wacan narasi
Embed Size (px)
TRANSCRIPT
- 1. NULIS WACAN NARASI
2. Standar Kompetensi
- Bisa nulis pratelan, idhe, kanthi wujud wacan narasi, dheskripsi, eksposisi, argumentasi, lan persuasi.
- Kompetensi Dasar
- Nulis wacan ngenani
- budaya Jawa
- Indikator
- Nulis wacan narasi
3. Wacan Narasi
- Wacan narasi iku salah sawijining jinis tulisan/karangan kang awujud crita.
- Tujuane kanggo mangun crita utawa kesan ing pikirane para maos, kaya-kaya prastawa utawa kedadeyan kang dicritakake iku dumadi ngegla wela-wela ana sangarepe para maos dhewe, saengga para maos kaya ngrasakakeutawa ngalami prastawa lan kedadeyan kang dicritakake.
4. Perangan utawa unsursing ana ing sajroning crita
- Tema/ prastawa/kedadeyan sing arep dikandhakake (tuladha tema kasmaran, kekancan, sesrawungan bebas, bekti marang wong tuwa, lsp)
- Plot/ alur/ urut-urutaning crita (jinising alur : alur maju, mundur, campuran)
- Setting wektu lan panggonan
- Paraga lan karakter
- Konflik
- Sudhut pandhang
- Amanat (piwulang becik sing bisa kapethik ing sajroning crita)
5. Apa bedane wacan narasi lan dheskripsi?
- Wacan narasi : nyritakake/ nggambarakeprastawa/ kedadeyan- kedadeyan (film video)
- Wacan dheskripsi : nyritakake/ nggambarakesawijining objek (fotomati)
- Crita narasi nduweni sipat fakta lan fiksi (crita sing direka).
- Tuladha crita fakta : pengalaman pribadi,otobiografi, biografi.
- Tuladha crita fiksi : novel, cerkak, cerbung.
6. Tuladha wacan narasi
- Vega Ngatinem, prawan kencur, sayang banget marang kewan-kewan ingon-ingone. Saben esuk, asune diajak mlaku-mlaku. Sabubare mlaku-mlaku, dheweke banjur makani asu loro lan kucing cacah telu, ingon-ingone. Rampung makani asu lan kucinge, dheweke enggal ngresiki kurungan manuk nuri sing lagi wae dituku saka pasar, sawise kandhange resik banjur dipakani. Yen srengengene wis penther, manuk nurine didhedhekake sakjam suwene. Sawise gaweyan ngopeni ingon-ingone rampung, dheweke banjur njupuk sarapan ing pawon.
- Jarwan saka, Suparna & Martutik, 1997/1998, kaca : 4.30.
7.
- TULADHA 2
- Ing donya iki ora ana wong sampurna sakabehane. Contone, Irvan, bocah jemaka, gagah gedhe dhuwur, tur wis SMA, kuwi sejatine cilik atine. Dheweke wedi banget marang asu, senajan mung kirik.
Bali sekolah, angger ngliwati omahe Babah Ong, Irvan mesthi dheg-dhegan atine. Kamangka, Babah Ong kuwi ingon-ingone asu akeh banget. Angger nyedhaki omahe Babah Ong, Irvan mesthi nglirik regol ngarepan lan siap-siap mlayu. Wingi awan dheweke mlayu sipat kuping nganti kecemplung kalen amarga dioyak asu kiki cilik sing metu saka regol omahe Babah Ong. Mungkin rewange lali nutup. Nalika ngerti regol omahe Babah Ong mbukak sithik atine Irvan trataban. Sikile mlangkah mandheg mangu. Ditatag-tatagake atine, raine madhep lempeng ngarep nanging mripate tansah nglirik regol. Karo mindhik-mindhik, digagah-gagahake, Irvan mlaku alon-alon, banjur plethas! Irvan mlayu sipat kuping tanpa wani mengo memburi. (Haryo WM) 8. Tema ing ngisor iki pilihen salah siji,banjur dadekna karangan narasi (watara rong pada wae)!
- Wayang
- Barongan Blora
- Sedhekah Bumi
- Adat Penganten Jawa
9. Salah siji siswa nulis karangane ana ing papan tulis! 10. Wacanen karangane kancamu kuwi! Banjur analisis,
- Apa wis bener yen jinise wacan narasi?Apa alasane?
- Koreksiwacan ngenani isine, pilihan tembunge, lan cara panulisane, apa wis bener? Yen durung bener, coba sebutake sing isih luput, lan kudune kepriye?
11. Waca lan analisis garapanmu karo kanca sabangkumu! 12. Wenehana nilai karangane kancamu, kanthi dhasar analisis : Aspek sing dinilai Skor maksimal
- Bener lan orane jiniskarangan
25
- Isine karangan
25
- Pilihan tembunge
25
- Cara panulisane
25 13. Sakwise sinau bab karangan narasi,
- Apa sing dimaksud karangan/ wacan narasi kuwi?
- Apa bedane karo karangan dheskripsi?
- Perangan apa wae ing sajroning
- wacan narasi?
- Apa wae jinise wacan
- narasi?Aranana!
14. Serabi santen, wadhahe ajang, cekap semanten, sugeng enjang