Download - Wacan Narasi

Transcript

NULIS WACAN NARASI

Standar Kompetensi

Bisa nulis pratelan, idhe, kanthi wujud wacan narasi, dheskripsi, eksposisi, argumentasi, lan persuasi.

Kompetensi Dasar Nulis wacan ngenanibudaya Jawa

IndikatorNulis wacan narasi

Wacan NarasiWacan narasi iku salah sawijining jinis tulisan/karangan kang awujud crita.

Tujuane kanggo mangun crita utawa ‘kesan’ ing pikirane para maos, kaya-kaya prastawa utawa kedadeyan kang dicritakake iku dumadi ngegla wela-wela ana sangarepe para maos dhewe, saengga para maos kaya ngrasakake utawa ngalami prastawa lan kedadeyan kang dicritakake.

Perangan utawa unsur sing ana ing sajroning crita

a) Tema/ prastawa/kedadeyan sing arep dikandhakake (tuladha tema kasmaran, kekancan, sesrawungan bebas, bekti marang wong tuwa, lsp)

b) Plot/ alur/ urut-urutaning crita (jinising alur : alur maju, mundur, campuran)

c) Setting wektu lan panggonand) Paraga lan karaktere) Konflikf) Sudhut pandhangg) Amanat (piwulang becik sing bisa

kapethik ing sajroning crita)

Apa bedane wacan narasi lan dheskripsi?

Wacan narasi : nyritakake/ nggambarake prastawa/ kedadeyan- kedadeyan (film video)Wacan dheskripsi : nyritakake/ nggambarake sawijining objek (foto mati)Crita narasi nduweni sipat fakta lan fiksi (crita sing direka).Tuladha crita fakta : pengalaman pribadi, otobiografi, biografi.Tuladha crita fiksi : novel, cerkak, cerbung.

Tuladha wacan narasi

Vega Ngatinem, prawan kencur, sayang banget marang kewan-kewan ingon-ingone. Saben esuk, asune diajak mlaku-mlaku. Sabubare mlaku-mlaku, dheweke banjur makani asu loro lan kucing cacah telu, ingon-ingone. Rampung makani asu lan kucinge, dheweke enggal ngresiki kurungan manuk nuri sing lagi wae dituku saka pasar, sawise kandhange resik banjur dipakani. Yen srengengene wis penther, manuk nurine didhedhekake sakjam suwene. Sawise gaweyan ngopeni ingon-ingone rampung, dheweke banjur njupuk sarapan ing pawon.

Jarwan saka, Suparna & Martutik, 1997/1998, kaca : 4.30.

TULADHA 2Ing donya iki ora ana wong sampurna

sakabehane. Contone, Irvan, bocah jemaka, gagah gedhe dhuwur, tur wis SMA, kuwi sejatine cilik atine. Dheweke wedi banget marang asu, senajan mung kirik.

Bali sekolah, angger ngliwati omahe Babah Ong, Irvan mesthi dheg-dhegan atine. Kamangka, Babah Ong kuwi ingon-ingone asu akeh banget. Angger nyedhaki omahe Babah Ong, Irvan mesthi nglirik regol ngarepan lan siap-siap mlayu. Wingi awan dheweke mlayu sipat kuping nganti kecemplung kalen amarga dioyak asu kiki cilik sing metu saka regol omahe Babah Ong. Mungkin rewange lali nutup. Nalika ngerti regol omahe Babah Ong mbukak sithik … atine Irvan trataban. Sikile mlangkah mandheg mangu. Ditatag-tatagake atine, raine madhep lempeng ngarep nanging mripate tansah nglirik regol. Karo mindhik-mindhik, digagah-gagahake, Irvan mlaku alon-alon, banjur … plethas! Irvan mlayu sipat kuping tanpa wani mengo memburi.

(Haryo WM)

Tema ing ngisor iki pilihen salah siji,banjur

dadekna karangan narasi (watara rong pada wae)!• Wayang• Barongan Blora• Sedhekah Bumi• Adat Penganten Jawa

Salah siji siswa nulis karangane ana ing papan

tulis!

Wacanen karangane kancamu kuwi! Banjur

analisis,• Apa wis bener yen jinise wacan narasi?Apa

alasane?• Koreksi wacan ngenani isine, pilihan

tembunge, lan cara panulisane, apa wis bener? Yen durung bener, coba sebutake sing isih luput, lan kudune kepriye?

Waca lan analisis garapanmu karo kanca sabangkumu!

Wenehana nilai karangane kancamu, kanthi dhasar

analisis :Aspek sing

dinilaiSkor

maksimal Bener lan

orane jinis karangan

25

Isine karangan

25

Pilihan tembunge

25

Cara panulisane

25

Sakwise sinau bab karangan narasi,

• Apa sing dimaksud karangan/ wacan narasi kuwi?

• Apa bedane karo karangan dheskripsi?

• Perangan apa wae ing sajroning wacan narasi?

• Apa wae jinise wacan narasi?Aranana!

Serabi santen, wadhahe ajang,

cekap semanten, sugeng enjang …


Top Related