02. 11 januari ss kk

6
TATA PANGIBADAH GKJ SAMPANGAN KRADENAN MINGGU, 11 JANUARI 2015, Pk. 16.00 WIB Pacawisan a.Bel 1x – Wedal ening, Pandonga wonten ing konsistori b.Pawartos Pasamuwan dening pradata c.Timbalan pangibadah Pasamuwan Jumeneng ngidung BMGJ 14 : 1 – “ALLAH Maha Suci”. ( prosesi Majelis lan PF lumebet wonten papan pangibadah ) Suci, suci, suci, pinuji Hyang suci Allah Maha mulya kang jumeneng Raja Suci, suci, suci, pinundhi Hyang Widi titah sadaya bra muji samya Votum l an Salam PF : Sumangga ibadah punika kita wiwiti kanthi pengaken : P+J : Pitulungan kita punika pinangkanipun awit saking berkahipun Yehuwah ingkang nitahaken langit lan bumi. PF : Sih rahmat lan tentrem rahayu saking ALLAH Rama kita lan Gusti Yesus Kristus, wontena ing kawula ( para Saderek ) sadaya. P+J :( ngidung ) Amin, Amin, Amin... ( Pasamuwan Lenggah ) Atur Pambuka Ltg :Pasamuwan ingkang dipun tresnani dening Gusti, jejer pangibadah dinten Minggu punika : ”GUSTI ALLAH KARENAN DHATENG MANUNGSA”. Sumangga kita ngluhuraken asmanipun Gusti kanthi kidung pamuji saking BMGJ 29 : 1,2,3 – ”Kamulyanipun Gusti”. kaca | 1

Upload: gloria-permata

Post on 19-Dec-2015

39 views

Category:

Documents


5 download

DESCRIPTION

h

TRANSCRIPT

Page 1: 02. 11 Januari SS KK

TATA PANGIBADAH GKJ SAMPANGAN KRADENANMINGGU, 11 JANUARI 2015, Pk. 16.00 WIB

Pacawisana. Bel 1x – Wedal ening, Pandonga wonten ing konsistorib. Pawartos Pasamuwan dening pradatac. Timbalan pangibadah Pasamuwan Jumeneng ngidung BMGJ 14 : 1 – “ALLAH Maha

Suci”. ( prosesi Majelis lan PF lumebet wonten papan pangibadah )

Suci, suci, suci, pinuji Hyang suci Allah Maha mulya kang jumeneng RajaSuci, suci, suci, pinundhi Hyang Widi titah sadaya bra muji samya

Votum l an Salam PF : Sumangga ibadah punika kita wiwiti kanthi pengaken :

P+J : Pitulungan kita punika pinangkanipun awit saking berkahipun Yehuwah ingkang nitahaken langit lan bumi.

PF : Sih rahmat lan tentrem rahayu saking ALLAH Rama kita lan Gusti Yesus Kristus, wontena ing kawula ( para Saderek ) sadaya.

P+J : ( ngidung ) Amin, Amin, Amin...

( Pasamuwan Lenggah )

Atur Pambuka Ltg : Pasamuwan ingkang dipun tresnani dening Gusti, jejer pangibadah dinten

Minggu punika : ”GUSTI ALLAH KARENAN DHATENG MANUNGSA”. Sumangga kita ngluhuraken asmanipun Gusti kanthi kidung pamuji saking BMGJ 29 : 1,2,3 – ”Kamulyanipun Gusti”.

Pangakening DosaPF : ( maos angger-angger katresnan wonten ing Mateus 22 : 37-40 )

Ltg : Sumangga kita sami ngakeni dosa tuwin kekirangan kita wonten ing ngarsanipun Gusti, saha nyuwun pitulungan supados saged ngestokaken sadaya dhawuhipun. Kita ngrepèkaken kidung panelangsa saking BMGJ 50 : 1,4 - ”Kula Keduwung”.

Pangapuntening Dosa ( Pasamuwan Jumeneng )

PF : ( maos pawartos Sih Rahmat saking Yesaya 25 : 8-9.... )PF : Mekaten Sih Rahmatipun Gusti!Psw : Puji sokur konjuk Gusti!

kaca | 1

Page 2: 02. 11 Januari SS KK

Tentrem RahayuLtg : Pasamuwan kaaturan sami jawat asta, kanthi ngucapaken ”Tentrem Rahayu”

( pasamuwan jawat asta )

Kidung Pamuji SokurLtg : Kita ngrepèkaken kidung pamuji sokur saking BMGJ 163 : 1,2,3 – ”Pitobat”.

( Pasamuwan Lenggah )

PALADOSAN PANGANDIKANIPUN GUSTI

a. Donga Eplikese dening PF

b. Waosan Kitab Suci

Waosan SepisanLk.1 : ( maos Purwaning Dumadi 5 : 1-5.... ) Lk.1 : Mekaten Sabda dalem Gusti!Psw : Puji sokur konjuk Gusti!

Waosan TanggapanLk.2 : Sumangga pangandikanipun Gusti ing waosan sepisan kita tanggapi

sesarengan srana maos kanthi sesautan saking Jabur Masmur 29 : 1-11. Kula badhe maos ayat ingkang kaserat medhal, pasamuwan maos ayat ingkang kaserat mlebet.....

Waosan Kaping KalihLk.1 : ( maos Lelakone Para Rasul 19 : 1-7.... )Lk.1 : Mekaten Sabda dalem Gusti!Psw : Puji sokur konjuk Gusti!

Waosan InjilPF : ( maosaken Injil Yesus Kristus miturut Markus 1 : 4-11 ) PF : Mekaten waosan Injil Yesus Kristus : “Ingkang rahayu inggih punika

tiyang ingkang mirengaken pangandikanipun ALLAH saha kanthi setya tuhu nindakaken. Haleluya, Amin”

Psw : (ngidungaken ) Haleluya, Amin – [4x]

c. Khotbah

d. Wekdal ening

kaca | 2

Page 3: 02. 11 Januari SS KK

Pangaken Pitados ( Pasamuwan Jumeneng )

Prd : Sumangga kanthi jumeneng kita sami mratelakaken sahadhat kalih welas kanthi ngucapaken sesarengan Pangaken Pitados Rasuli :“Kawula pitados dhateng ALLAH Sang Rama, ingkang Mahakawasa, ingkang

nitahaken langit kaliyan bumi.Inggih pitados dhateng Yesus Kristus ingkang Putra ontang-anting, Gusti kawula.Ingkang kabobotaken dening Roh Suci, miyos saking prawan Maryam.Ingkang nandhang sangsara nalika jumenengipun Pontius Pilatus, kasalib,

nglampahi seda, lajeng kasarekaken, tumedhak dhateng ing teleng palimengan.Ing tigang dintenipun wungu malih saking antawisipun tiyang pejah.Lajeng sumengka dhateng ing swarga, pinarak wonten ing tengenipun ALLAH

Sang Rama ingkang Mahakawasa. Saking ngriku inggih badhe rawuhipun ngadili tiyang ingkang gesang kaliyan ingkang pejah.

Kawula pitados dhateng Roh Suci. Kawula pitados wontenipun pasamuwan Kristen satunggal ingkang suci sarta wradin, inggih patungggilanipun para suci. Punapa dene pangapuntening dosa, Tanginipun raga, Sarta gesang langgeng.”

( Pasamuwan Lenggah )

Pandonga Safaat dening PF

P A LADOSAN PISUNGSUNG

a. Pangatag caos pisungsung saking Jabur Mazmur 25 : 5-6

“Lampah kawula mugi Paduka tuntun wonten ing kaleresan Paduka, lan kawula mugi Paduka wulang, amargi Paduka punika Allah ingkang paring karahayon

dhumateng kawula; Paduka ingkang kawula antos-antos sadinten muput.Dhuh Yehuwah, Paduka mugi enget dhateng ing sih-palimirma

sarta kadarman Paduka, awit punika sadaya sampun wonten wiwit ing jaman purwa mila.”

b. Pasamuwan ngrepèkaken BMGJ 110 : 1 – “Namung Karsa Paduka”

c. Ngaturaken pisungsung kairingan ungelipun instrumen orgen

d. Pasamuwan jumeneng ngrepèkaken BMGJ 110 : 2

e. Pandonga pisungsung lan Donga Rama Kawula

“Dhuh, Rama kawula ingkang wonten ing swarga, Asma Paduka mugi kasucekaken, Kraton Paduka mugi rawuh, Karsa Paduka mugi kalampahan

wonten ing bumi kadosdene wonten ing swarga.

kaca | 3

Page 4: 02. 11 Januari SS KK

Kawula mugi kaparingan rejeki kawula sacekapipun ing dinten punika. Saha Paduka mugi ngapunten kalepatan kawula, kadosdene kawula inggih

ngapunten ing tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula. Punapa dene kawula mugi sampun ngantos katandukaken dhateng ing panggodha, nanging mugi sami

Paduka uwalaken saking piawon. Awitdene Paduka ingkang kagungan kraton saha wisesa tuwin kamulyan salami-laminipun, Amin.”

( Pasamuwan Lenggah )

PANGUTUSAN LAN BERKAH

KIDUNG PANGUTUSPF : ( bereg pasamuwan ngrepèkaken BMGJ 165 : 1,2,3 – “Jatining Katresnan” )

( Pasamuwan Jumeneng )

BERKA H PF : “Pangeran Yehuwah maringi berkah dhateng kita (panjenengan) lan ngayomi

kita (panjenengan). Pangeran Yehuwah nyunaraken cahyaning wedananipun dhateng kita (panjenengan) lan maringi sih-rahmat. Pangeran Yehuwah nungkulaken wedananipun dhateng kita (panjenengan) lan maringi tentrem rahayu. Amin.”

Jmt : ( ngidung ) Haleluya [5x], Amin [3x]

kaca | 4