seorah revisi new

2
Assalamualaikum Wr. Wb Bapak Aragani mizan zakaria minangka pangarsa SMK N 2 DEPOK Sleman ingkang dhahat kinurmatan Bapak ibu guru ingkang satuhu kinurmatan Lan kanca kanca ingkang kula tresnani Puji syukur sumangga kita aturaken dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kawilujengan saha karaharjan satemah kula lan panjenengan saged makempal kanti tentrem, hangrawuhi adicara ing siang punika. Shalawat lan salam mugi tansah katetepna dumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW ingkang kito mawantu wantu safaatipun kita sedaya dumugi yaumul Qiyamah samangke. Saklajengipun, keparenga kula matur minangka wakil siswa badhe medharaken babagan "Sekolah Adiwiyata " . Para rawuh ingkang satuhu kinurmatan Sampun kita mangertosi menawi sekolah punika sampun nglampahi upaya kagem mujudaken sekolah adiwiyata. Sekolah adiwiyata inggih menika sekolah ingkang mujudaken upaya kaciptanipun kesadaran warga sekolah ing babagan nguri uri lingkungan hidup. Tujuanipun supados para siswa nggadahi rasa tanggungjawab dhumateng lingkungan urip sakniki lan sakterusipun. Kathah usaha kang saged dipun lampahi para siswa kangge nguri uri lingkungan hidup sehat, salah sawijining usaha saged dipunwiwiti saking pembuangan sampah wonten ing tempat sampah kang dipunsedhiaaken Ananging, kula lan panjenengan mangertosi menawi kadhang mudha ing jaman sakmenika kirang nuju kagiyatan kang nunjang adiwiyata. Tuladhanipun wonten ing sekolah niki. Sampah plastik utawi menapa kemawon kathah ing laci laci kelas, napa laci kelas menika tempat sampah? Padahal wonten tempat sampah piyambak kagem mbuang sampah organik utawi an organik. Menawi hal menika katerusan kanthi benjang

Upload: indri-widiastuti

Post on 14-Apr-2016

236 views

Category:

Documents


2 download

DESCRIPTION

bahasa jawa

TRANSCRIPT

Page 1: Seorah Revisi New

Assalamualaikum Wr. Wb

Bapak Aragani mizan zakaria minangka pangarsa SMK N 2 DEPOK Sleman ingkang dhahat

kinurmatan

Bapak ibu guru ingkang satuhu kinurmatan

Lan kanca kanca ingkang kula tresnani

Puji syukur sumangga kita aturaken dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kawilujengan saha

karaharjan satemah kula lan panjenengan saged makempal kanti tentrem, hangrawuhi adicara ing siang

punika. Shalawat lan salam mugi tansah katetepna dumateng junjungan kita nabi agung Muhammad

SAW ingkang kito mawantu wantu safaatipun kita sedaya dumugi yaumul Qiyamah samangke.

Saklajengipun, keparenga kula matur minangka wakil siswa badhe medharaken babagan "Sekolah

Adiwiyata " .

Para rawuh ingkang satuhu kinurmatan

Sampun kita mangertosi menawi sekolah punika sampun nglampahi upaya kagem mujudaken sekolah

adiwiyata. Sekolah adiwiyata inggih menika sekolah ingkang mujudaken upaya kaciptanipun kesadaran

warga sekolah ing babagan nguri uri lingkungan hidup. Tujuanipun supados para siswa nggadahi rasa

tanggungjawab dhumateng lingkungan urip sakniki lan sakterusipun.

Kathah usaha kang saged dipun lampahi para siswa kangge nguri uri lingkungan hidup sehat, salah

sawijining usaha saged dipunwiwiti saking pembuangan sampah wonten ing tempat sampah kang

dipunsedhiaaken

Ananging, kula lan panjenengan mangertosi menawi kadhang mudha ing jaman sakmenika kirang nuju

kagiyatan kang nunjang adiwiyata. Tuladhanipun wonten ing sekolah niki. Sampah plastik utawi menapa

kemawon kathah ing laci laci kelas, napa laci kelas menika tempat sampah? Padahal wonten tempat

sampah piyambak kagem mbuang sampah organik utawi an organik. Menawi hal menika katerusan kanthi

benjang benjang, nopomalih ing lingkungan sekolah, saged damel sekolah menika kados kumuh.

Sumangga kita sedaya menawi kagiyatan kang tujuwanipun nguri uri lingkungan hidup sehat amarga

langkung penting kagem kula lan panjenengan. Sejatosipun kito kedah nglakoni menapakemawon kangge

putra wayah kito samangkeh

Para rawuh ingkang satuhu kinurmatan cekap semanten anggen kula matur ingkang saged kula aturaken

ngengingi babagan sekolah adiwiyata, mbok bilih wonten lepatipun atur awit saking kirangipun seserepan

kula ngengingi basa , sastra saha subasita ingkang kirang nuju praja , kula nyuwun sih samudra

pangaksami.

Wassalamualaikum Wr Wb.