wangs alan

10
Wangsalan Afada Limpad Y. 2 Dewi Wahyuningtyas 10 Fany Astari 13 Nurin Winahyu 17 Radhitya Noor A. 20

Upload: adventina-padmyastuti

Post on 17-Dec-2015

70 views

Category:

Documents


11 download

DESCRIPTION

basa jawa

TRANSCRIPT

Wangsalan

Wangsalan

Afada Limpad Y. 2Dewi Wahyuningtyas10Fany Astari13Nurin Winahyu17Radhitya Noor A.20PangertosanWangsalan iku unen-unen cangkriman nanging dibatang dewe. Ukarane ora persis nanging memper wae.Jenise WangsalanWangsalan lamba yaiku wangsalan kang mung isi batangan siji.Tuladha: Wong kok mentil kacang, mbesengut wae.Pentil kacang : besengut.

Wangsalan rangkep (camboran) yaiku wangsalan sing isi batangane luwih saka siji. Tuladha: Jenang sela, wader kalen sasonderan. (Apu, sepat) Apurata, yen wonten lepat kawula.

Wangsalan memet yaiku wangsalan sing carane nggoleki batangane sarana ngoceki maksuding tetembungane ambal ping pindho.Tuladha: Uler kambang, yen trima alon-alonan Oncek-oncekan kapisan: Uler kembang maksude lintah Oncek-oncek kapindho: Wanda tali ing tembung lintah, dianggap wancahane tembung kang surasane alon-alonan, yaiku tembung satitahe.Wangsalan padinan yaiku ana sing nganggo nyebutake batangane, la nana sing tanpa nyebutake batangane, marga wong-wong sing maca dianggep wis ngerti batangane.Tuladha: Wong kae sajatine wis krungu omonganku, nanging njangan gori. Maksude wangsalan njagan gori yaiku mbudheg.Wangsalan mawa paugeran tartamtuWangsalan mawa paugeran tartamtu kena kaperang dadi loro, yaiku:Mawa paugeran (4 wanda + 8 wanda) Kang mawa paugeran 4 wanda + 8 wanda iku wangsalan lamba. Unen-unen mung saukara kang kadadean saka rong gatra. Tuladha: Reca kayu, golek kawruh rahayu.(reca kayu = golek)

Mawa paugeran (4 wanda + 8 wanda )x 2 = 24 wanda Wangsalan sing isi batangan luwih saka siji. Unen-unen rong ukara, saben saukara kadadean saka rong gatra. Ukara kapisan isi wangsalan, ukara kapindho isi batangane. Tuladha:Sayuk rukun, wulang wido mangsa rowang = 4 wanda + 8 wandaSayektine, wit saking bondho kawula = 4 wanda + 8 wandaSayuk rukun = saeka prayaWulang wido mangsa rowang = bido(Sumber : http://estetikawidodo.blogspot.com/2011/11/wangsalan.html)

Wangsalan edi-peni Wangsalan sing mawa paugeran .Unen-unene kadadean saka 2 ukara (wangsalan rangkep)Saben saukara kadadean saka 2 gatra (4 wanda + 8 wanda )Ukara kang kapisan mawa purwakanthi guru swara lan purwakanthi basa utawa purwakanthi lumaksita.Tuladha: Kukus gantung, sawangane kok bingung.Kukus gantung : sawangWangsalan kang sinawung ing tembang yaiku cacahe wandane lan tibaning swarane ing wekasaning gatrane ora tartemu, sebab kawengku ing guru wilangan lan guru laguning tembang. Guru wilangan lan guru laguning tembang kudu tansah menang, lire: ora kena owah, kudu tansah manut paugeraning tembang.Tuladha: SinomEdane wong keneng guna, ambatik sinambi nangis, malam wuntah balabaran, geni mati muring-muring, prembenahan mbrebes mili, gawangan sinendhal putung, ya talah ta si kakang, puluh-puluh awak mami, petis manis wis kudu dadi pocapan.Petis manis = kecap

Wangsalan kang sinawung ing tembang Cakepan ing umpak-umpaking gendhing, gerong lan senggakan, kerep kanggo wangsalan.Tuladha:BAWA NGUSWARAGA

Sri Mahajawata katong, (1)Andaka wulune rekta,(2)Jroning nendra gung kaepi,Boja reksa (3) kawi wuwus,(4)Panggya andika kusuma,Bale nata (5) rondon pari,(6)Paran margane wak mami,Kepiting kang sobeng rawa (7)Nguswaraganta wong ayu.Batangane cangkriman ing dhuwur :

1. Bathara Endra = nendra.2. Sapi = kaepi.3. Pangan = panggya4. Ngendika = andika5. Pagelaran = paran6. Dami = wak mami.7. Yuyu = wong ayu.(Sumber : http://nguripuripbasajawa.blogspot.com/2011/03/wangsalan-sinawung-ing-tembang.html)MATURSUWUN !