rpp xi semester 1

29
Rencana Pelaksanaan Pembelajaran Mendengarkan Nama Sekolah : SMA Negeri 1 Sayung Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas : XI Semester : Gasal (Satu) Standar Kompetensi : Mampu mendengarkan dan memahami wacana lisan nonsastra maupun sastra dalam berbagai ragam bahasa jawa Kompetensi Dasar : Mendengarkan sambutan atau khotbah yang disampaikan secara langsung atau rekaman Indikator : 1. Siswa mampu menjelaskan pengertian sambutan sambutan atau khotbah 2. Siswa mampu menyebutkan isi dari sambutan atau khotbah 3. Siswa mampu menjelaskan bagian dari sambutan Alokasi Waktu : 2x45menit Pertemuan ke : 1 minggu ke 4 A. Tujuan Pembelajaran 1. Siswa dapat menjelaskan pengertian dari sambutan atau khotbah yang pernah ditemui 2. Siswa mampu menyebutkan isi dari sambutan atau khotbah yang didengar 3. Siswa mampu menjelaskan tiap-tiap bagian dari sambutan B. Materi Sambutan utawi pidhato yaiku salah satunggaling kagiyatan ingkang dipunlampahaken kaliyan tiyang satunggal marang tiyang kathah. Sipatipun sambutan punika maringi pangertos marang satunggling bab. Sambutan punika peranganipun wonten tiga, yaiku pambuka, isi lan panutup. Saben-saben perangan kagungan ancas piyambak-piyambak. Pambuka yaiku perangan pidhato kang wosipun salam pambuka, dedonga, pitepangan, lan atur panuwun. Isi punika inti utawi idhe pokok ingkang badhe dipunaturaken. Lan panutup wosipun inggih punika nyuwun pangapura, atur panuwun, dedonga. Wiyasanipun sambutan utawi pidhato punika supados karaos endhah dipunseseli parikan, wangsalan, kepara uga geguritan. Ananging menawi sambutan punika namung cekak aos boten ngambra-ambra.

Upload: hadi-lukmanul-khakim

Post on 22-Nov-2015

586 views

Category:

Documents


0 download

DESCRIPTION

Menika Perangkat Pembelajaran SMA, Mugi saged migunani

TRANSCRIPT

  • Rencana Pelaksanaan Pembelajaran Mendengarkan

    Nama Sekolah : SMA Negeri 1 Sayung Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas : XI Semester : Gasal (Satu) Standar Kompetensi : Mampu mendengarkan dan memahami wacana lisan nonsastra maupun sastra dalam berbagai ragam bahasa jawa Kompetensi Dasar : Mendengarkan sambutan atau khotbah yang disampaikan secara langsung atau rekaman Indikator :

    1. Siswa mampu menjelaskan pengertian sambutan sambutan atau khotbah

    2. Siswa mampu menyebutkan isi dari sambutan atau khotbah 3. Siswa mampu menjelaskan bagian dari sambutan

    Alokasi Waktu : 2x45menit Pertemuan ke : 1 minggu ke 4 A. Tujuan Pembelajaran

    1. Siswa dapat menjelaskan pengertian dari sambutan atau khotbah yang pernah ditemui 2. Siswa mampu menyebutkan isi dari sambutan atau khotbah yang didengar 3. Siswa mampu menjelaskan tiap-tiap bagian dari sambutan

    B. Materi Sambutan utawi pidhato yaiku salah satunggaling kagiyatan ingkang dipunlampahaken kaliyan tiyang satunggal marang tiyang kathah. Sipatipun sambutan punika maringi pangertos marang satunggling bab. Sambutan punika peranganipun wonten tiga, yaiku pambuka, isi lan panutup. Saben-saben perangan kagungan ancas piyambak-piyambak. Pambuka yaiku perangan pidhato kang wosipun salam pambuka, dedonga, pitepangan, lan atur panuwun. Isi punika inti utawi idhe pokok ingkang badhe dipunaturaken. Lan panutup wosipun inggih punika nyuwun pangapura, atur panuwun, dedonga. Wiyasanipun sambutan utawi pidhato punika supados karaos endhah dipunseseli parikan, wangsalan, kepara uga geguritan. Ananging menawi sambutan punika namung cekak aos boten ngambra-ambra.

  • Tuladha Sambutan Assalamualaikum Wr Wb Ingkang kinurmaten bapak kepala sekolah ugi bapak ibu guru ingkang satuhu luhuring budi lan para kadang kelas kalih welas ingkang kula krisnani Mangga kita sedaya ngaturaken puji syukur dumateng gusti ingkang maha agung ingkang sampun maringaken sedaya nikmat lan kasarasan dhateng kita sedaya saingga samenika kita saged kempal wonten ing adicara perpisahan samenika Kula piyambak ngaturaken matutnuwun ingkang tanpa upami kangge bapak-ibu guru ingkang sampun nggulawentah kula ingkang sadangunipun tigang warsa mboten keraos kula nglampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ngriki .woten ing adicara menika ,kula nyuwun agunging pangapunten dumateng bapak-ibu guru amargi wonten ing tigang warsa ngangsu kawruh wonten pawiyatan ngriki menawi menawi kula gadhah kalepatan ingkang dipunsengaja lan mboten di sengaja. mugi bapak-ibu guru kersa ngapura kelepatan kula. Satuhunipun kula awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedaya ingkang wonten ing SMA menika sampun kados sedherek lan kulawarga, namung kula kedah nglajengaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil. Kadosipun sampun cekap anggenipun kula matur, bilih menawi wonten kelepatan kula nyuwun agunging pangapunten. Wassalamualaikum Wr Wb

    C. Metodhe Inkuiri, Diskusi D. Langkah Kegiatan No. Kegiatan Alokasi Waktu 1 Pembuka

    1.1 Guru membuka pelajaran dengan doa 1.2 Guru mengecek kehadiran Siswa 1.3 Guru mengecek kebersihan Siswa 1.4 Guru memberikan motivasi

    10 Menit

    Inti 2.1 Eksplorasi

    2.1.1 Siswa diajak mengingat kembali sambutan atau khotbah yang pernah

    70 Menit

  • ditemui 2.1.2 Siswa mengingat kembali acara-acara

    yang berisikan sambutan atau khotbah 2.1.3 Siswa mengingat isi dari sambutan atau

    khotbah yang pernah ditemui

    2.2 Elaborasi 2.2.1 Guru menjelaskan tentang sambutan atau

    khotbah 2.2.2 Siswa mendengarkan contoh sambutan

    secara langsung yang diperagakan oleh guru

    2.2.3 Siswa mengamati contoh sambutan 2.2.4 Guru menjelaskan sambutan beserta isi

    dari sambutan atau khotbah 2.2.5 Siswa menyebutkan bagian-bagian dari

    sambutan atau khotbah 2.2.6 Siswa menjelaskan tentang sambutan

    atau khotbah 2.2.7 Siswa menjawab pertanyaan yang

    diberikan oleh guru 2.3 Konfirmasi

    2.3.1 Guru menanggapi setiap jawaban dari siswa

    2.3.2 Guru memberikan konfirmasi terhadap hasil pembelajaran yang didapat siswa

    2.3.3 Guru memberi penjelasan Penutup

    3.1 Guru memberikan acuan untuk materi yang akan datang 3.2 Guru memberi motivasi 3.3 Guru menutup pelajaran

    10 Menit

    E.Sumber Ajar 1. Internet 2. Buku Ajar Basa Jawa Eksis kelas XI smester gasal hal.40

    3. Tuntunan Sesorah Saha Panata Titi Laksana F. Penilaian

    Indikator Teknik Penilaian Bentuk

    Instrumen Contoh Instrumen

    1. Siswa mampu menjelaskan pengertian sambutan sambutan atau khotbah

    2. Siswa mampu

    Tes lisan Lisan 1. Saking sambutan kang diwaca kancamu, apa isining sambutan mau?

  • menyebutkan isi dari sambutan atau khotbah

    3. Siswa mampu menjelaskan bagian dari sambutan

    2. Apa bae peranganing sambutan, sebutna!

    3. Ning endi bae kongerteni ana sambutan?

    Kriteria Penilaian Skor ingkang dipun-gayuh X 100 jumlah skor Sayung, Agustus 2013 Guru pamong Mahasiswa Praktikan Sudewi, S.Pd Hadi Lukmanul Khakim NPM. 10430085

  • Rencana Pelaksanaan Pembelajaran Berbicara

    Nama Sekolah : SMA Negeri 1 Sayung Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas : XI Semester : Gasal (Satu) Standar Kompetensi : Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan secara lisan sastra maupun nonsastra dengan menggunakan berbgai ragam dan unggah-ungguh bahasa jawa Kompetensi Dasar : Menyampaikan sambutan dalam bentuk pambagyaharja Indikator :

    1. Siswa mampu mengingat kembali bagian-bagian sambutan pambagyaharja

    2. Siswa mampu menyebutkan tema dalam sambutan pambagyaharja

    3. Siswa mampu menyusun sambutan dengan berbagai ragam acara pambagyaharja

    4. Siswa mampu membacakan sambutan yang telah dibuat Alokasi Waktu : 4x45menit Pertemuan ke : 2 minggu ke 5 A. Tujuan Pembelajaran

    1. Siswa mampu mengingat kembali bagian-bagian sambutan 2. Siswa mampu menyusun sambutan dengan berbagai ragam acara pambagyaharja 3. Siswa mampu membacakan sambutan yang telah dibuat

    B. Materi Sambutan punika saged wonten adicara pengetan punapa mawon, kados pengetan kartinina, Kamardikan, lan Hari Besar sanesipun. Sambutan uga saged wonten kagiyatan masyarakat, kados kagiyatan Desa, Kabupaten. Uga saged wonten acara temanten utawi supitan. Tuladha Sambutan Assalamualaikum Wr.wb Nuwun, Para pinisepuh, sesepuh ingkang satuhu pantes sinudarsana. Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan. Kaparenga kula sumela atur, nggempil kamardikan anggenipun sami wawan pangandikan. Kula minangka sulih sariranipun bapak lalang palambang sakaluwangsa ingkang hamengku

  • gati kaparenga matur ing ngarsanipun para rawuh, medharaken raos pangraos ingkang medal saking telenging manah. Para rawuh ingkang dahat ing kinurmatan, Ingkang sapisan bapak Lalang Palambang sarimbit ngonjukaken puji sokur dhumateng ngarsanipun Allah SWT , dene awit barokah, rohmat saha hidayahipun ing titi wanci menika saged ngawontenaken pawiwahan supitan putranipun ingkang angka I namanipun Trisetyo Nugroho. Kaping kalihipun bapak Lalang Palambang sekaliyan mboten kesupen ngaturaken pambagya sugeng rawuh dhumateng para lenggah kakung sumawana putri kairing atur gunging panuwun ingkang tanpa umpami. Dene panjenengan sami sampun kersa nglonggarake wekdal, ngenthengake sarira saha penggalih kangge ngestreni adicara menika sarta paring donga pangestu dhumateng nak mas Trisetyo Nugroho. Kaping tiganipun boten kesupen ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan katur para tangga tepalih, sanak sedherek, mitra sutresna, tuwin para mudha-mudhi ingkang sampun kanthi lila legawa paring pambiyantu lan panyumbang ingkang awujud punapa kemawon ingkang ndadosaken rancaking adicara menika. Bapak Lalang Palambang sekaliyan namung saged memuji mugi sedaya kesaenan panjenengan pikantuk lelintu ganjaran saking Allah SWT ingkang mathikel-thikel. Aamiin. Mboten kesupen, wonten kiranging suba sita anggenipun ananggapi para rawuh, saha kuciwaning anggenipun caos palenggahan , saha sanesipun saestu bapak Lalang Palambang sekulawarga nyuwun agunging samodra pangaksami. Ing wasana para tamu kasuwun kanthi saged kaparenga anglajengaken anggenipun sami lelenggahan kanthi suka renaning penggalih sinambi angresepi pasugatan ingkang kaladosaken ngantos dumugi paripurnaning pawiwahan menika. Cekap mekaten atur kula, mbok bilih anggen kula ngaturaken pambagyaharja sugeng rawuh menika wonten galap gangsuling atur, saha kirang trapsila anggen kula matur, mugi para rawuh kersa paring gunging samodra pangaksama. Akhirulkalam billahit taufik wal hidayah, wassalamualaikum wr.wb nuwun

    C. Metodhe Jigsaw, Diskusi D. Langkah Kegiatan No. Kegiatan Alokasi Waktu

    1.

    Pembuka 1.1 Guru membuka pelajaran dengan doa 1.2 Guru mengecek kehadiran Siswa 1.3 Guru mengecek kebersihan Siswa

    5 Menit

  • 1.4 Guru memberikan motivasi

    2.

    Inti 2.1 Eksplorasi

    2.1.1 Siswa diajak mengingat kembali sambutan dalam bentuk pambagyaharja yang pernah ditemui

    2.1.2 Siswa mengingat kembali acara-acara yang berisikan sambutan dalam bentuk pambagyaharja

    2.1.3 Siswa mengingat cara membaca sambutan yang pernah ditemui

    2.2 Elaborasi 2.2.1 Guru menjelaskan tentang sambutan

    dalam bentuk pambagyaharja 2.2.2 Siswa mendengarkan contoh membaca

    sambutan dalam bentuk pambagyaharja secara langsung yang diperagakan oleh guru

    2.2.3 Guru membagi siswa menjadi 3-4 kelompok

    2.2.4 Setiap kelompok membuat sambutan pambagyaharja

    2.2.5 Setiap perwakilan kelompok membacakan sambutan pambagyahrja

    2.3 Konfirmasi 2.3.1 Guru menanggapi setiap perwakilan

    kelompok yang maju 2.3.2 Guru memberikan konfirmasi terhadap

    hasil pembelajaran yang didapat siswa 2.3.3 Guru memberi penjelasan

    80 Menit

    3.

    Penutup 3.1 Guru memberikan acuan untuk materi yang

    akan datang 3.2 Guru memberi motivasi 3.3 Guru menutup pelajaran

    5 Menit

    E.Sumber Ajar

    1. Internet (http://ourreference.blogspot.com/2012/06/contoh-atur-pambagya-harja-supitan.html)

    2. Buku Ajar Basa Jawa Eksis kelas XI smester gasal hal.40 3. Tuntunan Sesorah Saha Panata Titi Laksana

  • F. Penilaian

    Indikator Teknik Penilaian

    Bentuk Instrumen Contoh Instrumen

    1. Siswa mampu mengingat kembali bagian-bagian sambutan pambagyaharja

    2. Siswa mampu menyebutkan tema dalam sambutan pambagyaharja

    3. Siswa mampu menyusun sambutan dengan berbagai ragam acara pambagyaharja

    4. Siswa mampu membacakan sambutan yang telah dibuat

    Tes lisan

    Lisan 1. Saking sambutan kang diwaca kancamu, apa isining sambutan mau?

    2. Apa bae peranganing sambutan, sebutna!

    3. Gawea 3-4 kelompok, saben kelompok gawe sambutan pambagyaharja kanthi tema ingkang beda-beda?

    4. Saben kelompok maca sambutan pambagyaharja kang wus digawe!

    Kriteria Penilaian

    No. Kriteria Skor 1 Intonasi 1-5 2 Jeda 1-5 3 Lafal 1-5 4 Penekanan pada kata tertentu 1-5 Jumlah Skor 4-20

    Skor ingkang dipun-gayuh X 100 jumlah skor Sayung, Agustus 2013 Guru pamong Mahasiswa Praktikan Sudewi, S.Pd Hadi Lukmanul Khakim NPM. 10430085

  • Rencana Pelaksanaan Pembelajaran Membaca

    Nama Sekolah : SMA Negeri 1 Sayung Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas : XI Semester : Gasal (Satu) Standar Kompetensi : Mampu membaca dan memahami bacaan sastra maupun nonsastra,

    berhuruf Latin maupun Jawa dengan berbagai keterampilan dan teknik membaca.

    Kompetensi Dasar : Membaca pemahaman paragraf berdasarkan letak kalimat utama Indikator :

    1. Siswa dapat menyebutkan jenis paragraf berdasarkan letak kalimat utama

    2. Siswa dapat membedakan jenis paragraf berdasarkan letak kalimat utama

    3. Siswa dapat menentukan jenis paragraf berdasarkan letak kalimat utama pada bacaan yang ditentukan

    Alokasi Waktu : 2 x45menit Pertemuan ke : 4 minggu ke 2 A. Tujuan Pembelajaran

    1. Siswa dapat menyebutkan jenis paragraf berdasarkan letak kalimat utama 2. Siswa dapat membedakan jenis paragraf berdasarkan letak kalimat utama 3. Siswa dapat menentukan jenis paragraf berdasarkan letak kalimat utama pada bacaan

    yang ditentukan 4. Siswa mampu menemukan kata-kata sukar dalam bacaan 5. Peserta didik mampu menemukan pokok-pokok isi bacaan

    B. Materi

    Maca kanthi intensif yaiku maca kanthi tujuan bisa mangerteni lan paham tenan marang pendapat ing wacan, urutan, retoris, utawa pola wacan iku. Ning kene dibutuhake maca kang banter kang dawane ora luwih saka 500 tembung kanthi wektu 2 menit. Miturut prenahe ukara baku lan ukara panerang, jinise paragrap ana loro, yaiku paragrap deduksi lan indhuksi. Ukara baku yaiku kang dadi dhasare paragrap utawa kang pokok. Dene Ukara panerang iku kanggo njlentrehake ukara baku supaya maksude bisa dening kang maca. Ukara panerang bisa awujud alasan, perangan, utawa tuladha (conto). Beda paragrap dhedhuksi karo paragrap indhuksi iku manggon ing wiwitane paragrap. Cethane, ukara kang kapisan sajrone paragrap. Liyane awujud andharan utawa ukara

  • panerang. Suwalike, yen paragrap indhuksi iku ukara bakune manggon ing mburi dhewe. Iku minangka dudutane. Kaya ing ngisor iki.

    1. Paragrap Dhedhuksi Ukara Baku-ukara Panerang

    2. Paragrap Indhuksi Ukara Panerang-Ukara Baku Wacanen batin paragrap-paragrap ing ngisor iki!

    1. Basa Ibu iku kanggo basane masarakat kang digunakake saben dina ing salah sawijining wilayah. Ananging basa ibu ora mung kanggo ing sawilayah bae, amarga ana wong-wong kang salah sawijine wilayah nglakoni migrasi utawa liyane, tetap migunakake basa ibune. Cethane, yen wong jawa tengah, basa ibune ya basa jawa. Ananging rikala wong Jawa Tengah mau ing Jakarta, Lampun, utawa Suriname, isih bae migunakake basa jawa kanggo sesrawungan marang wong sing saka Jawa Tengah uga.

    2. Srengenge wis jumedhul ing sisih wetan. Katon mencorong. Among tani padha mangkat menyang sawah manggul garu lan nuntun sapi. Sing wadon menyang pasar nggendhong asil pawetune. Bocah-bocah pada budhal sekolah. Manuk-manuk padha ngoceh ing wit-witan. Pithik, bebek, menthok wis padha metu saka kandhang golek pangan dhewe-dhewe. Ora katon mega sathithik-sathithika. Esuk iki pancen padhang jingglang.

    3. Manungsa lan tuwuhan mbutuhake banyu kanggo urip. Banyu digunakake dening manungsa kanggo ngombe, adus, lan masak. Dene tuwuhan mbutuhake banyu. Menawa manungsa lan tuwuhan kekurangan banyu, uripe ora bakal sampurna.

    C. Metodhe Dikusi, Inkuiri D. Langkah Kegiatan No. Kegiatan Alokasi Waktu

    1

    Pembuka 1.1 Guru membuka pelajaran dengan doa 1.2 Guru mengecek kehadiran Siswa 1.3 Guru mengecek kebersihan Siswa 1.4 Guru memberikan motivasi

    5 Menit

    2

    Inti 2.1 Eksplorasi

    2.1.1 Guru menjelaskan pengertian paragraf deduktif dan induktif

    2.1.2 Guru menjelaskan perbedaan paragraf deduktif dan induktif

    75 menit

  • 2.1.3 Guru memberikan contoh tentang paragraf deduktif dan induktif

    2.2 Elaborasi 2.2.1 Siswa menjelaskan pengertian paragrap

    deduktif dan induktif 2.2.2 Siswa mengerjakan tugas dari guru

    menemukan ide pokok atau gagasan pokok

    2.2.3 Siswa menentukan jenis paragraf 2.3 Konfirmasi

    2.3.1 Guru menanggapi setiap perwakilan kelompok yang maju

    2.3.2 Guru memberikan konfirmasi terhadap hasil pembelajaran yang didapat siswa

    2.3.3 Guru memberi penjelasan

    3

    Penutup 3.1 Guru memberikan acuan untuk materi yang

    akan datang 3.2 Guru memberi motivasi 3.3 Guru menutup pelajaran

    10 menit

    E.Sumber Ajar

    1. Buku Ajar Basa Jawa Kelas XI Semester Gasal

    F. Penilaian Kriteria Penilaian Skor ingkang dipun-gayuh X 100 jumlah skor Sayung, Agustus 2013 Guru pamong Mahasiswa Praktikan Sudewi, S.Pd Hadi Lukmanul Khakim NPM. 10430085

  • Rencana Pelaksanaan Pembelajaran Membaca

    Nama Sekolah : SMA Negeri 1 Sayung Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas : XI Semester : Gasal (Satu) Standar Kompetensi : Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan

    dalam berbagai jenis karangan nonsastra maupun sastra mengguna- kan berbagai ragam bahasa Jawa sesuai dengan unggah-ungguh dan menulis dengan huruf Jawa.

    Kompetensi Dasar : Menulis wacana sederhana dengan mempertimbangkan letak kalimat utama Indikator :

    1. Siswa mampu menyebutkan perbedaan paragraf deduksi dan induksi

    2. Siswa mampu menulis gagasan pokok suatu wacana 3. Siswa mampu mengembangkan gagasan pokok menjadi

    paragraf lengkap sesuai jenis paragraf Alokasi Waktu : 2x45menit Pertemuan ke : 5 minggu ke 3 A. Tujuan Pembelajaran

    1. Siswa mampu menyebutkan perbedaan paragraf deduksi dan induksi 2. Siswa mampu menulis gagasan pokok suatu wacana 3. Siswa mampu mengembangkan gagasan pokok menjadi paragraf lengkap sesuai jenis

    paragraf B. Materi

    PARAGRAF

    Nggawe sawijining paragraf kalebu ana sajroning ketrampilan nulis. Ketrampilan iki ora saben wong nduwe. Mula gladhen nulis paragrap diperlokake banget. Ketrampilan nyusun ukara siji lan sijine saingga nduweni teges kang gumathok ora teka ngono wae. Ananging kabeh kudu disinaoni, tanpa digladhi lan disinau mesthi wae ketrampilan nulis ora bakal kaconggah. Mula saka kuwi, gladhen kang ora kendhat nggawe paragraf iki bisa nggladhi ketrampilan nguwasani nulis paragrap.

    Sawijining paragrap biasane kedadeyan saka loro utawa luwih ukara. Ukara-ukara ana sajroning paragraf kudune sambung-sinambung antaraning ukara siji lan sijine. Ukara-ukara sing dumadi nyengkuyung sawijining tema / topik.

  • Tema / topik panggonane ana sajroning ukara pokok dene ukara-ukara liyane nduweni sifat njelasake/mbeberake ukara pokok. Ukara sing ngandhut gagasan pokok dijenengake ukara pokok, dene ukara sing ngemot gagasan panjelas/panerang diarani ukara panjelas/panerang.

    Wujuding paragraf ditilik saka panggonane ukara pokok ana papat yaiku :

    1. Paragraf Deduktif

    Paragraf sing ukara pokoke ana ngarepan diarani paragraf deduktif. Paragraf jinis iki paling gampang digawe. Ana sajroning bagan paragraf deduktif digambarake kaya ing ngisor iki !

    K u / u P K P1 / U Pj1 K P2 / U Pj2 K P 3 / U Pj 3 K P 4 / U Pj4 K P 5 / U Pj 5

    Ketrangan : K u / Up : Kalimat utama / Ukara pokok

    Kp / Upj : Kalimat Penjelas / Ukara panjelas

    Tuladha :

    Kasus lolose Gayus Tambunan njalari jagading negara hukum, dadi horeg kena ketaman lindhu. Tumrap kalangan kepolisian , muncule kedadeyan mau rinasa mujudake samplukan kang nglarakake ati lan nyuremake rai. Gayus Tambunan dhewe, sabubare nyatakake rasa getune ing sajroning sidhang, kanthi cekak aos ngakoni, untuk tidak memperpanjang polemik, yang ada di Bali itu betul saya. Kasus kasebut bisa gawe bureme citra hukum Indonesia, lan saya nuwuhake kesan ora enak, kaya-kaya Indonesia bisa keblegong ing penganggep: negara hukum kang dihukum.

    Jaya Baya, 13 Minggu IV November 2010

    Ukara pokok paragraf ing ndhuwur, Kasus lolose Gayus Tambunan njalari jagading negara hukum, dadi horeg kena ketaman lindhu. Dene ukara candhake arupa ukara panjelas. Ukara-ukara panjelas kuwi nyengkuyung ukara pokok.

    2. Paragraf Induktif

    Paragraf jinis iki walikane paragraf deduktif. Ukara pokoke ana ing pungkasaning paragraf. Ukarane diwiwite saka bab-bab sing asipat miligi tumuju bab kang asipat rowa/umum utawa klimaks, yaiku generalisasi. Nggawe paragraf jinis iki rada kangelan, nanging cocok tur mathuk kanggo nulis prosa argumentasi. Salah sijining ciri paragraf induktif ana tembung-tembung tertemtu sing awujud dudutan. Tuladha: dadi, mula saka kuwi.

    Yen dibaganeke, paragraf induktif kaya ing ngisor iki !

    K p1 / u Pj1

  • K P2 / U Pj2 K P3 / U Pj3 K P 4 / U Pj 4 K P 5 / U P5 K P 6 / U P 6 KU / Up

    Ketrangan : K u / Up : Kalimat utama / Ukara pokok

    Kp / Upj : Kalimat Penjelas / Ukara panjelas

    Tuladha :

    Sawetara wektu kepungkur iya ana lakon kang akeh irip-empere karo kedadeyan ing ndhuwur. Malah ana kang nganggep luwih ngisin-isini! Yaiku, ana sel ing rutan khusus wanita, kang dening kang ngenggoni disulap dadi panggung karaoke. Bisa kadadeyan kaya mangkono klawan aman-aman ing satengahing rutan kang jinaga kuwat lan rapet! Sebabe apa ora jalaran dhuwit? Isih ana bae oknum petugas kang doyan dhuwit! Isih ana pager mangan tanduran, ngono paribasana!

    Jaya Baya, 13 Minggu IV November 2010

    Ukara pokok paragraf ing ndhuwur yaiku Isih ana pager mangan tanduran, ngono paribasane!

    C. Metodhe D. Langkah Kegiatan

    No. Kegiatan Alokasi Waktu

    1

    Pembuka 1.1 Guru membuka pelajaran dengan doa 1.2 Guru mengecek kehadiran Siswa 1.3 Guru mengecek kebersihan Siswa 1.4 Guru memberikan motivasi

    5 Menit

    2

    Inti 2.1 Eksplorasi

    2.1.1 Guru menjelaskan pengertian paragraf deduktif dan induktif

    2.1.2 Guru menjelaskan perbedaan paragraf deduktif dan induktif

    2.1.3 Guru memberikan contoh tentang paragraf deduktif dan induktif

    2.2 Elaborasi 2.2.1 Siswa menjelaskan pengertian

    paragrap deduktif dan induktif

    75 menit

  • 2.2.2 Siswa mengerjakan tugas dari guru menemukan ide pokok atau gagasan pokok

    2.2.3 Siswa menentukan jenis paragraf

    2.3 Konfirmasi 2.3.1 Guru menanggapi setiap

    perwakilan kelompok yang maju 2.3.2 Guru memberikan konfirmasi

    terhadap hasil pembelajaran yang didapat siswa

    2.3.3 Guru memberi penjelasan

    3

    Penutup 3.1 Guru memberikan acuan untuk materi yang

    akan datang 3.2 Guru memberi motivasi 3.3 Guru menutup pelajaran

    10 menit

    E.Sumber Ajar

    Jaya Baya, 13 Minggu IV November 2010 F. Penilaian Kriteria Penilaian Skor ingkang dipun-gayuh X 100 jumlah skor Sayung, Agustus 2013 Guru pamong Mahasiswa Praktikan Sudewi, S.Pd Hadi Lukmanul Khakim NPM. 10430085

  • Rencana Pelaksanaan Pembelajaran Membaca

    Nama Sekolah : SMA Negeri 1 Sayung Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas : XI Semester : Gasal (Satu) Standar Kompetensi : Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan

    secara lisan sastra maupun nonsastra dengan menggunakan berbagai ragam dan unggah-ungguh bahasa Jawa.

    Kompetensi Dasar : Mendengarkan geguritan yang disampaikan secara langsung atau berupa rekaman

    Indikator : 1. Siswa mampu menyebutkan kata-kata kiasan yang terdapat dalam

    geguritan 2. Siswa mampu menyebutkan tema dari geguritan 3. Siswa mampu menyebutkan isi dari geguritan

    Alokasi Waktu : 2x45menit Pertemuan ke : 7 minggu ke 2 A. Tujuan Pembelajaran

    1. Siswa mampu menyebutkan kata-kata kiasan yang terdapat dalam geguritan 2. Siswa mampu menyebutkan tema dari geguritan 3. Siswa mampu menyebutkan isi dari geguritan

    B. Materi

    Nyemak Geguritan Geguritan menika salah satunggaling wujud asiling kasusastran Jawi gagrag

    enggal ingkang nggadhahi cakrik mirunggan. Nanging eman sanget boten kathah tiyang mliginipun para anem ingkang nggatosaken. Kamangka, geguritan kathah ingkang ngemu suraos luhur, ingkang mekaten wau saged kawastanan sastra adiluhung. Ing ngelmu kasusastran Yunani, bab menika saged nggadhahi fungsi dulce (kaendahan) lan fungsi utile (kagunan/paedah). Satunggaling asiling kasusastran kasebut endah lan sae yen fungsi kekalih wau saged nyawiji, inggih menika endah yen kawaos lan migunani tumrap budi pekertining tiyang ingkang maos/ mirengaken.

    Dene ing geguritan ingkang kedah diutamakake yaiku, 1. Tembung-tembung pilihan lan mentes 2. cacahing gatra (baris) mentes(ringkes) 3. migunakake basa kang endah (basa rinengga) kayata

    a. tembung-tembung kawi

  • b. purwakanthi c. panyandra utawi penpindhan lan sapiturute

    4. Migunakake tembung-tembung andhahan kang karimbag mawa a. ater-ater a b. seselan in lan um c. adhapur dwilingga lan dwipurwa

    5. Wirama, yaiku pamilihing aksara suara kang trep lan pas saengga bisa nuwuhake irama kang endah

    Kang kudu digatekake nalika maca geguritan, yaiku 1. Wirama : mungguh mudhune (memban mentule) suara, pocapan (irama lan lafal) 2. Wirasa : penghayatan, ngrasakake isine geguritan 3. Wiraga : ekspresi, patrap/sikap, obahing awak lan pasemon (rai)

    Cobi geguritan menika kawaosa kanthi irama ingkang sae! Siswa sanesipun

    nyemak !

    AJA KUWATIR PAHLAWANKU Angitane : R. Bambang Nursinggih

    Ocehe dhandhang manitir nguntabake bandhosa

    Mrambat lon-lonan lumaku tumuju girilaya Kairing swasana tintrim lan wingit ngayut jiwa

    Swara sesenggukan ndudut rasa, saya agawe nelangsa Bandhosa kang lagi mondhong layon

    Ora perduli apa kang mentas kelakon Panggah tetep siaga ngenteni urut-urutane lakon

    Nadyan ana udan gludhug ora dipaelu tetep kukuh santosa Kang wigati jejibahane mbopong layone kusumayuda

    Tekan pucuk punthuke sasanalaya ora gawe kuciwa Aruming kukus ratus ngambar sumebar kumelun ngekuwung mendhuwur

    Kumlebete kembang setaman kacampur sadana minangka sawur Kairing swara kidung mbrengengeng lamat-lamat mangungkung

    Mimbuhi rasa sungkawa kang jero tumrap kang lagi suwung Sumitra lan sedulur samya manekung santi puja

    Muji lelabuhane pupus puspa kang kapagut ing rananggana Katrima minangka amal baktine Ing Ngarsa Dalem Allah Taala

  • Uga marang kang kapegatan, kaparingan kekuwatan iman ora ngglewang Aja kuwatir pahlawanku arep dak terusake gegayuhanmu

    Dak sembadani nganti penjajah oncat saka pangkoning ibu Uga mberat reretu kang ngaru biru warisan kang wiwit semrawut

    Najan bakal lampus dadi wadal nusul sliramu kapundhut ngayun. ( Nursinggih, 2005 )

    C. Metodhe Diskusi D. Langkah Kegiatan

    No. Kegiatan Alokasi Waktu

    1

    Pembuka 1.1 Guru membuka pelajaran dengan doa 1.2 Guru mengecek kehadiran Siswa 1.3 Guru mengecek kebersihan Siswa 1.4 Guru memberikan motivasi

    5 Menit

    2

    Inti 2.1 Eksplorasi

    2.1.1 Guru menjelaskan pengertian geguritan 2.1.2 Guru menjelaskan hal-hal yang diperhatikan

    dalam membaca geguritan 2.1.3 Guru memberikan contoh geguritan

    2.2 Elaborasi 2.2.1 Siswa mendengarkan geguritan 2.2.2 Siswa menentukan tema geguritan yang

    dibacakan 2.2.3 Siswa meyebutkan isi dari geguritan yang

    dibacakan 2.3 Konfirmasi

    2.3.1 Guru menjelaskan ulang tentang geguritan 2.3.2 Guru memberikan konfirmasi terhadap tema

    dan isi geguritan yang dibacakan

    75 menit

    3

    Penutup 3.1 Guru memberikan acuan untuk materi yang akan

    datang 3.2 Guru memberi motivasi 3.3 Guru menutup pelajaran

    10 menit

    E.Sumber Ajar

    1. Buku Ajar Basa Jawa kelas XI Semester Gasal halaman 2-3

  • F. Penilaian Sasampunipun mirengaken geguritan kang diwaca ing ngarep,

    1. apa tema geguritan? 2. apa isi geguritan? 3. Apa kang kudu digatekakae nalika maca geguritan? 4. Apa kang kudu diutamakake ana ing geguritan? 5. Apa kang dadi ancasing geguritan?

    Kriteria Penilaian Skor ingkang dipun-gayuh X 100 jumlah skor Sayung, Agustus 2013 Guru pamong Mahasiswa Praktikan Sudewi, S.Pd Hadi Lukmanul Khakim NPM. 10430085

  • Rencana Pelaksanaan Pembelajaran Membaca

    Nama Sekolah : SMA Negeri 1 Sayung Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas : XI Semester : Gasal (Satu) Standar Kompetensi : Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan

    secara lisan sastra maupun nonsastra dengan menggunakan berbagai ragam dan unggah-ungguh bahasa Jawa.

    Kompetensi Dasar : Membahas atau mendiskusikan isi geguritan Indikator :

    1. Siswa mampu membaca geguritan 2. Siswa mampu menentukan tema geguritan 3. Siswa mampu Amanat yang terkandung dalam geguritan

    Alokasi Waktu : 2 x 45menit Pertemuan ke : 8 minggu ke 3 A. Tujuan Pembelajaran

    1. Siswa mampu membaca geguritan 2. Siswa mampu menentukan tema geguritan 3. Siswa mampu Amanat yang terkandung dalam geguritan

    B. Materi

    Ingkang kedah dipungatosaken nalika maos geguritan 4 W:

    1. Wicara = pocapan / lafal

    2. Wirama = irama / lagu

    3. Wiraga = solah / gerak, pasemon / raut muka

    4. Wirasa = penjiwaan. Katrangan :

    Nalika maos geguritan , posapan kedah cetha, boten groyok, blero utawi mangu-mangu ( ragu-ragu ). Kedah saged ngucapaken aksara kanthi leres, umpaminipun mbedakaken aksara a/o; t/th; d/dh; / / , lsp.

    Iramaning tiyang maos geguritan saged minangka pandudut (daya tarik) tiyang ingkang mirengaken. Sora utawi boten iramanipun kalarasaken kaliyan isinipun geguritan. Geguritan kanthi tema perjuwangan temtu anggenipun maos sora (banter), semangat.

  • Beda kaliyan maos geguritan isi kesusahan, kasmaran temtunipun pamaosipun langkung alon, sareh.

    Ebahing badan lan pasuryan (rai) kedah dipungatosaken kedah luwes (ora kaku) lan sampun ngantos ketingal kadamel-damel.

    Wirasa kaetrepken kaliyan isining geguritan umpaminipun : nesu, gumbira, sisah, kejem, wibawa, getun, lsp.

    PIWELINGE IBU Anggitane : Drs. Wahyu ST

    Ngger, diati-ati aja seneng nyenyandhung arum endah kembang bakung

    kesrimpung slendang kesandhung gelung

    kagubel kalung Ngger, aku tansah ndonga lan ngidung

    supaya kacekel anggonmu mbujung aku tansah eling piwelinge ibu

    nalika aku arep budhal sinau Ngger, urip mono awujud laku

    ombyaking donya aja kapaelu aja kapilut gebyaring lampu

    kang kairing jejogedan lan gumuyu Ngger, urip kang prasaja

    aja mung mburu barang donya ditansah eling lan waspada

    swarga ora dumunung ing kedheping netra tansaha dedonga marang kang maha kwasa

    Matur nuwun ibu pangandikamu rumasuk ing balung sumsumku

    pindha latu mangalad-alad jroning kalbu saengga paiting bratawali ora tau keprungu

    aku setya tuhu marang piwelingmu kang putra tansah nyuwun pangestu.

  • C. Metodhe Diskusi Kelompok, D. Langkah Kegiatan

    No. Kegiatan Alokasi Waktu

    1

    Pembuka 1.1 Guru membuka pelajaran dengan doa 1.2 Guru mengecek kehadiran Siswa 1.3 Guru mengecek kebersihan Siswa 1.4 Guru memberikan motivasi

    5 Menit

    2

    Inti 2.1 Eksplorasi

    2.1.1 Guru menerangkan kembali hal-hal yang diperhatikan dalam geguritan

    2.1.2 Guru memberikan contoh geguritan 2.2 Elaborasi

    2.2.1 Siswa mendengarkan geguritan 2.2.2 Siswa membentuk kelompok 4-5 orang 2.2.3 Setiap Kelompok mendapatkan geguritan yang

    berbeda-beda 2.2.4 Setiap kelompok mendiskusikan tema dan

    amanat yang terkandung dalam geguritan 2.3 Konfirmasi

    2.3.1 Setiap kelompok mempresentasikan hasil diskusi 2.3.2 Siswa menanggapi hasil diskusi 2.3.3 Guru menanggapi presentasi tiap kelompok

    75 menit

    3

    Penutup 3.1 Guru memberikan acuan untuk materi yang akan datang 3.2 Guru memberi motivasi 3.3 Guru menutup pelajaran

    10 menit

    E.Sumber Ajar

    1. Buku Ajar Basa Jawa kelas XI Semester Gasal halaman 2-3 F. Penilaian

  • Kriteria Penilaian Skor ingkang dipun-gayuh X 100 jumlah skor Sayung, Agustus 2013 Guru pamong Mahasiswa Praktikan Sudewi, S.Pd Hadi Lukmanul Khakim NPM. 10430085

  • Rencana Pelaksanaan Pembelajaran Membaca

    Nama Sekolah : SMA Negeri 1 Sayung Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas : XI Semester : Gasal (Satu) Standar Kompetensi : Mampu mendengarkan dan memahani wacana lisan nonsastra

    maupun sastra dalam berbagai ragam bahasa Jawa.

    Kompetensi Dasar : Mendengarkan wawancara berupa rekaman atau langsung Indikator :

    1. Siswa mampu mencatat pokok-pokok pembicaraan 2. Merangkum isi pembicaraan dalam beberapa kalimat 3. menyampaikan (secara lisan) isi rangkuman kepada orang lain

    Alokasi Waktu : 2 x 45menit Pertemuan ke : minggu ke A. Tujuan Pembelajaran

    1. Siswa mampu mencatat pokok-pokok pembicaraan 2. Merangkum isi pembicaraan dalam beberapa kalimat 3. menyampaikan (secara lisan) isi rangkuman kepada orang lain

    B. Mater

    Wawancara yaiku golek informasi saka wong kang diarani narasumber. Anggonmu wawancara marang wong kang luwih tuwa kudu nggatekake tata krama basane. Kang prelu digatekake sadurunge nindakake wawancara yaiku :

    1. Nemtokake topik wawancara 2. Nemtokake tujuane 3. Nyiapake pitakon-pitakon 4. Nemtokake narasumber 5. Gawe janji karo narasumber bab kapan bisa ketemu lan ning endi bisa ketemu

    Sabanjure nalika wawancara kang kudu digatekake yaiku :

    1. Miwiti wawancara kanthi salam 2. nganggo basa kang sopan lan miturut unggah-ungguhing basa 3. pandelengane tumuju marang narasumber 4. Aja menehi pitakon kang wangsulane iya lan ora 5. Pungkasi wawancara kanthi nyuwun agunging panuwun marang narasumber.

  • WACANEN PACELATHON ING NGISOR IKI Guneman karo Simbah bab Omah Jawa Swaji : Mbah, kula badhe nyuwun pirsa Simbah : Arep takon apa, antuk garapan omah apa kepriye? Swaji : inggh mbah, Kala wau Pak Guru ngandharaken bilih griya ing jaman

    sapunika kathah jinis wewangunanipun kadosta griya tumpuk, ruko, batako, perumnas, lan sanesipun. sanadyan mekaten, sarehne bebrayan jawi punika gadhah jinis piyambak ingkang maneka warni, pramila kula sakanca kedah mangertosi. Lah, bab punika ingkang dados garapan griya dening Pak Guru.

    Simbah : O.....Ngono ta, mudheng aku. Pancen, omah Jawa iku maneka warna. Apa kira-kira kowe durung mudheng bab iku?

    Swaji : Sejatine sampun, nanging dereng jangkep mbah Simbah : Coba, omahe pak Tapa kae jinise apa? Swaji : Dalemipun pak Tapa punika Limasan mbah. Awit wanguning griya

    wonten empyakipun sekawan, ingkang kalih ageng serongan dene ingkang kalih malih wangun majeng tiga utawi segitiga

    Simbah : Pinter kowe, banjur bedane karo omahe Pak Tarta? Swaji : menawi dalemipun Pak Tarta punika winastan griya kampung, mbah,

    dene titikanipun wangunan griya awujud empyak kalih mawi tutup keyong Simbah : Lho, ya isa ngono. Njur sing ora isa sing endi? Swaji : Ingkang dereng mudheng punika bab perangan omah mbah, taksih kirang Simbah : O.... yen kuwi mengko tak jlaske, aku arep lunga ndhisik Swaji : O, nggih mbah, matur nuwun saderengipun C. Metodhe Diskusi dan ceramah D. Langkah Kegiatan

    No. Kegiatan Alokasi Waktu

    1

    Pembuka 1.1 Guru membuka pelajaran dengan doa 1.2 Guru mengecek kehadiran Siswa 1.3 Guru mengecek kebersihan Siswa 1.4 Guru memberikan motivasi

    5 Menit

    2

    Inti 2.1 Eksplorasi

    2.1.1 Guru menerangkan hal-hal yang diperhatikan dalm wawancara

    2.1.2 Guru memberikan contoh wawancara 2.2 Elaborasi

    75 menit

  • 2.2.1 Siswa mendengarkan wawancara 2.2.2 Siswa membentuk kelompok 4-5 orang 2.2.3 Setiap Kelompok membuat wawancara yang

    berbeda-beda 2.3 Konfirmasi

    2.3.1 Setiap kelompok mempresentasikan hasil diskusi 2.3.2 Siswa menanggapi hasil diskusi 2.3.3 Guru menanggapi presentasi tiap kelompok

    3

    Penutup 3.1 Guru memberikan acuan untuk materi yang akan datang 3.2 Guru memberi motivasi 3.3 Guru menutup pelajaran

    10 menit

    E.Sumber Ajar LKS Basa Jawa EKSIS Kelas XI semester gasal F. Penilaian Kriteria Penilaian No Kriteria yang dinilai Penilaian

    Sangat Baik Baik Kurang 1 Unggah-ungguhing basa 2 Pocapan 3 Isi Wawancara 4 Boboting pitakon Skor ingkang dipun-gayuh X 100 jumlah skor Sayung, 2013 Guru pamong Mahasiswa Praktikan Sudewi, S.Pd Hadi Lukmanul Khakim NPM. 10430085

  • Rencana Pelaksanaan Pembelajaran Membaca

    Nama Sekolah : SMA Negeri 1 Sayung Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas : XI Semester : Gasal (Satu) Standar Kompetensi : Mampu membaca dan memahami bacaan sastra maupun nonsastra,

    berhuruf Latin maupun Jawa dengan berbagai keterampilan dan teknik membaca.

    Kompetensi Dasar : Nembang macapat Indikator :

    1. Siswa mampu menyebutkan guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan

    2. Siswa mampu membaca titi laras tembang macapat Sinom 3. Siswa mampu menyanyikan tembang macapat Sinom

    Alokasi Waktu : 2 x 45menit Pertemuan ke : minggu ke A. Tujuan Pembelajaran

    1. Siswa mampu menyebutkan guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan 2. Siswa mampu membaca titi laras tembang macapat Sinom 3. Siswa mampu menyanyikan tembang macapat Sinom

    B. Materi

    Tembang macapat yaiku salah sijining tembang daerah. Kususipun ing jawa. Tembang macapat cacahe ana 11, yaiku Asmaradana, Sinom, Pangkur, Gambuh, Megatruh, Pocung, Maskumambang, Kinanthi, Mijil, Durma, lan Dandhang Gula. Nalika nembangkake tembang macapat sing kudu digatekake yaiku :

    1. Guru Lagu, yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra 2. Guru Gatra, cacahing gatra(baris) saben pada 3. Guru Wilangan, Cacacahing wanda ing saben gatra

    Wacanen tembang macapat ing ngisor iki!

    SINOM (PELOG BARANG)

    6 7 2 2 2 2 2 2

    Sa ben men dra sa king wis ma 2 3 3 1 2 3 3 2 2

  • le la na la la dan se pi 2 3 3 3 2 7 7 6 5 nging sep se puh-ing so pa na 5 5 5 6 5 3 2 3 mrih pa na pra na weng kap ti

    5 6 6 6 6 5 6 7 tis ti sing tyas mar su di

    5 5 5 5 5 6 5 3 5 6 mar da wa ning bu dya tu lus

    3 5 5 5 5 5 5 me su reh ka su dar man

    5 5 5 6 5 3 2 3 ning te pi ning ja la ni dhi

    3 5 6 7 6 6 6 6 6 7 6 5 3 5 6 sru ning bra ta ka ta man wah yu jat mi ka

    C. Metodhe Diskusi, ceramah D. Langkah Kegiatan

    No. Kegiatan Alokasi Waktu

    1

    Pembuka 1.1 Guru membuka pelajaran dengan doa 1.2 Guru mengecek kehadiran Siswa 1.3 Guru mengecek kebersihan Siswa 1.4 Guru memberikan motivasi

    5 Menit

    2

    Inti 2.1 Eksplorasi

    2.1.1 Guru menerangkan hal-hal yang diperhatikan dalam membaca tembang macapat

    2.1.2 Guru memberikan contoh rekaman tembang macapat

    2.2 Elaborasi 2.2.1 Siswa mendengarkan tembang macapat 2.2.2 Siswa mencari guru gatra, guru lagu dan guru

    wilangan 2.2.3 Siswa membaca titi laras 2.2.4 Siswa membaca cakepan tembang

    2.3 Konfirmasi 2.3.1 Siswa secara individu dan berkelompok

    membacakan tembang macapat 2.3.3 Guru menanggapi tembang yang dinyanyikan

    75 menit

    3

    Penutup 3.1 Guru memberikan acuan untuk materi yang akan datang 3.2 Guru memberi motivasi 3.3 Guru menutup pelajaran

    10 menit

  • E.Sumber Ajar LKS Basa Jawa EKSIS Kelas XI semester gasal F. Penilaian Skor ingkang dipun-gayuh X 100 jumlah skor Sayung, 2013 Guru pamong Mahasiswa Praktikan Sudewi, S.Pd Hadi Lukmanul Khakim NPM. 10430085