layang jawa
DESCRIPTION
aTRANSCRIPT
![Page 1: Layang Jawa](https://reader036.vdokumen.com/reader036/viewer/2022082200/55cf9c86550346d033aa2068/html5/thumbnails/1.jpg)
LAYANG JAWAI. LAYANG JAWA yaiku :
a. Layang Iber-Iber ( layang kiriman)b. Layang Paturanc. Layang Dhawuhd. Layang Uleme. Layang Kitirf. Layang Lelayu
II. PERANGANE LAYANG JAWA SING GANEP yaikua. Satata basa ( alamat layang ditulis ing dhuwur dhewe sisih kiwa utawa tengen )b. Adangiyah( salam pambuka )
-Taklim utawa ingkang taklim yaiku kanggo sedulur tuwa utawa wong kang diajeni.-Salam taklim yaiku kanggo sedulur enom-Ingkang salam yaiku kanggo sedulur enom sing dhuwur drajate-Ingkang pandonga yaiku saka wong tuwa marang wong enom kang diajeni-Ingkang sembah yaiku saka wong cilik karo wong luhur-Ingkang sembah sungkem yaiku saka wong enom marang leluhure-Ingkang sembah pangabekti yaiku saka wong enom marang wong tuwane dhewe.-Ingkang pangabekti yaiku saka wong enom marang sedulur tuwa.
c. Pambuka ( bebuka )d. Isi (surasa basa)e. Panutup ( wasana basa )f. Titimangsa ( tanggal )g. Peprenahan ( prenahe sing nulis marang sing dikirimi layang)h. Tapak asma ( tanda tangan )i. Asma terang ( jenenge sing nulis )
Tuladha
Katur Bu lik Tonah
Margi Katamso Angka 32
Solo
Ingkang pangabekti
Bu lik Tonah keparenga matur, bilik kawontenan kula ing Sleman tansah manggih basuki boten
wonten alangan satunggal punapa.
Kula badhe nyaosi uninga bilih kula badhe kentun yatra 200.000,00 rupiah kagem biyantu bayaran
sekolahipun keng putra Kelik.Pramila arta sekedhik punika mugi saged dados nyekapi bayaran sekolah Dik
Kelik.
Wasana cekap semanten lan nyuwun puji pangestunipun mugi-mugi anggen kula nyambut damel
wonten ing Sleman tansah lumintu sedayanipun.
Sleman, 30 Juni 2005
Keponakan
Primus Adi
Tuladha Serat Iber-iber.Triwik Damarjati SMAN 1 Yogyakarta 30