layang balewarna full
DESCRIPTION
HANSSTRANSCRIPT
(h.i)
Rĕgi f 0,35
Serie No. 192.
Wedalan
Bale Pustaka
(h.ii)
Layang Balewarna
Amratelakake kahananing bale pomahane wong cilik ing tanah Jawa, lan
cununtun amurih raharjaning omah-omah.
Anggitane
Mas Sasrasudirja
Mantri guru ing pamulangan ongka II
I
Gĕrtĕk
(h.iii)
Isine layang iki.
Bubuka kaca 1
Kahananing omah-omah ing padesan 4
Kahanan sajroning omah 7
Pakarangan ing desa 11
Prayogane omah 14
Pangupakaraning pakarangan sakubĕnge omah 20
Pangrĕksane tatanduran 23
Dununging kandhang utawa lumbung sapanunggalane 27
Panjagane omah sawĕwĕngkon 30
(h.1)
Bubuka
Sapa kang ora kapengin duwe omah pakarangan. Aja maneh kang
wong bumine tanah Jawa, dalah wong monca kang pancen arep manggon
lawas, akeh kang padha marlokake ngupaya omah lan pakarangan. Ing
tanah Jawa kene biyen kĕna diarani arang-arang ana omah, isih akeh alase.
Desa siji lan sijine ĕlĕte adoh bangĕt, tur sadesa mau omahe ora akeh. Saya
lawas wong tanah Jawa sangsaya mundhak jiwane, tumĕkane saiki alas-alas
wis ora sapiraa, amarga padha dibubak digawe padesan, sawah utawa tĕgal.
Mangkono uga kang akeh-akeh sabĕne omah ewis pĕpĕt, iku kang nelakake
yen uwong padha dhĕmĕn omah-omah. Ana maneh tandhane: dhek biyen
wong doltinuku lĕmah ora akeh, lan rĕganing lĕmah iya murah. Barĕng wong
wis mundhak akeh, rĕganing lĕmah banjur dadi larang, amarga akeh kang
melik kanggo pomahan. Luwah maneh ing nagara gĕdhe, utawa panggonan
kang rame, rĕganing pomahan larang banget. Wong sugih-sugih akeh kang
gĕlĕm tuku pakarangan, banjur didĕgi omah disewkake. Lĕmah pakarangan
kang sajroning kutha kang ana sapinggiringe dalan gĕdhe, rĕgane nganti bisa
tikĕl sapuluh tinimbang ing padesan, amarga yen diĕnggoni gampang kanggo
ngupajiwa. Wong kang panguripane babakul lan utawa marung ing omahe,
wis mĕsthi milih panggonan ing pinggir dalan.
Miturut barita ing jaman kuna bab babade tanah Jawa, wiwit biyen
wong bu (h.2)-mi ing tanah Jawa kene uga wis padha duwe omah, ĕmbuh
nyonto wong hindhu, ĕmbuh bangsa liyane. Nanging omahe durung patiya
kukuh lan durung becik. Kaya kang dicaritakake ing babad Indiya, dhek
jaman kumpĕni durung lawas angajawa, omah-omah ing cĕdhak kraton isi
payon kajang, pagĕr pring, lan cilik-cilik. Prabotan lan rĕrĕngganing omah ora
ana babar pisan. Mongka iku omah kang ana ing kutha, pancene luwih bĕcik.
Dadi omah ing desa-desa utawa kang adoh karo kraton wis mĕsthi ora
pangaturan babar pisan. Ya gene dene omahe wong bumi biyen kaya
mangkono. Iku sababe mangkene:
Kapisan: durung akeh tuladha utawa piwulang bab gawe omah kang
prayoga.
Kapindho: jarene para panggĕdhe ing jaman kuno iku isih nindakake
sawĕnang-wĕnang marang bawah parentahe, ora kĕna wong cilik madhani
apa maneh ngungkul-ungkuli panggedhene. Mulane wong biyen banjur ora
gĕlĕm gawe omah prayoga, sabab wĕdi marang dhudhuwurane mau, ora
wurung diniaya.
Kaping telu: ing jaman samana isih jaman dauru, tansah ada pĕrang,
kapriye bisane kobĕr andandani omah lan ngupakara pakarangane, sabab
arang-arang ana ing omah, kang mĕsthi padha nglurug pĕrang.
Ping pat: sanajan ora nglurug perang: dhek biyen akeh rurusuh, wong
mateni uwong, anjarag rayah darbeking liyan, sapapadhane kalakuwan kang
agawe cilakane uwong. Dadi samongsa ana wong kang omahe katon rada
gĕdhe utawa bĕcik dikira sugih, ora lawas mĕsthi ana dursila kang tĕka
mrono.
(h.3) katrangan patang prakara iki wis nyakupi kanggo mratelakake sabab-
sababe omah ing jaman biyen ora ana kang becik. Anggĕr wis ngadĕg kĕna
digawe ngaub bae wis cukup. Kaya mangkono turun-tumurun kongsi
saprene, wong cilik ing tanah Jawa isih nglastarekake ĕnggone omah-omah
ora dipranata kalawan pantĕs, mangkono uga pakarangane uga ora dipikir
murih bĕcike, mung naluri kang uwis-uwis. Undhaking kawruh lan pĕncaring
nalar iku saka akeh tuladhane lan saka piwulang, apa dene kudu
kukumpulan. Sarehne ing tanah Jawa kene wong bumine durung sapiraa
kang dhĕmĕn ngundhakake kawruh, dadi tataning omah-omah iya ora
sapiraa undhaking bĕcike. Siji loro iya wis ana omah kang rada pantĕs utawa
mrabot, iya iku omah kang cĕdhak kutha, utawa omahe wong kang wis
jĕmbar jajahane, dadi wis wĕruh tuladha saka liya bongsa. Ewa dene bale
pomahan mau iya durung kĕna diarani bĕcik tĕmĕnan utawa nyukupi. Sabab
ana omah kang bĕcik balungane, ĕnggone mraboti utawa ngrĕngga sawiyah
bae. Sawĕneh prabote mĕpĕki, nanging panatane ora bĕnĕr. Ana maneh
kang wis kabĕnĕran omah lan prabote, ora diopeni, wĕkasan enggal rusak
utawa bubrah. Omah dalah prabote bĕcik dikaya ngapa, manawa ora
timbang lan pakarangane, iya dadi ala lan saru. Ora kurang wong kang
dhĕmĕn bĕcik, nanging reh ning tumindake mung saka tiru-tiru bae, ora
gĕlĕm sinau, dadi kĕrĕp kaliru. Pangrasane anggone nata omah lan
pakarangane wis nyakupi, ora weruh yen malah dadi cacad lan ngalan-alani.
Sanajan wong cilik ing jaman saiki wis akeh kang sumup marang
omah la (h.4) -n pakarangan kang bĕcik, ewa dene saka wangkot lan
cupĕting nalare ora gĕlĕm gawe kaya kang wis disumurupi iku. Saupama
diprentahana lan ditakoni sababing wĕgah, wangsulane ora maton, mung
amburu lan anggugu panĕmune dhewe, kayata:
Sabab ora duwe sarat, sabab ora parlu. Ana kang ngira ora beda,
mundhak dadi kangelan bae. Ana maneh kang mangsuli sabab mundhak
ngungkul-ungkuli, ora lumrah tongga-tanggane. Nitik wangsulan ing dhuwur
iku, nelakake wong cilik utawa wong padesan padha durung mangĕrti
mungguh pigunane bĕciking omah lan pakarangan, yen mangkono patrap
pangrĕksaning bale pomahan iya ora sumurup. Wong kang ora bisa gawe
bĕciking omah lan pakarangan, iya ora bisa mranata isen-isene, dadi ora bisa
mĕngku marang darbeke, wĕkasan ora bisa mulangi wong kang dadi
wĕwĕngkon sajroning omah, wis mĕsthi ora bisa sĕnĕng uripe.
Kahananing Omah-Omah ing Padesan
Dununging omah kang padha ana ing padesan iku kĕna diarani ora
karuwan, katara bangĕt adĕging omah mau mung manut siring atine dhewe.
Wanguning omah warna-warna, mangkono uga balungan utawa payone, ora
parlu dicaritakake, amarga wis akeh kang nyumurupi. Kang parlu
dipratelakake, apa ta cacade omah mau, mangkene: meh sabĕn omah ing
padesan iku mĕsthi rapĕt ora didelehi dalan angin utawa jandhela, dado
sanajan wayah awan, yen ana sajroning omah iya pĕtĕng, luwih maneh yen
lume (h.5) -bu ing sĕnthhong, ora bisa sumurup apa-apa yen ora nganggo
colok. Mulane dirapĕti mangkono, pamurihe aja kongsi ana wong bisa
sumurup isen-isene sajroning omah. Yen didelehi jandhela utawa dalan
angin, gampang bisane wong nginjĕn ing jĕro, dadi durjana banjur bisa
mamaling mĕtu jĕndhela mau. Panĕmu kang mangkono mau dadi tondha yen
wong kang cupĕt ing budi iku tansah nyujanani ala marang liyan. Durung
mĕsthi durjana gĕlĕm mamaling mrono, lan apa sabĕn wis dirapĕti mangkono
banjur ora tau mamaling, dadi iku panĕmu luput. Sareh ning pandĕlĕnge wis
manuh marang pĕtĕng, dadi dalah pamikire iya pĕtĕng, ora bisa mikir kang
sampurna, mongka pĕtĕng iku ngrusakake piranti ing pandĕlĕng, iya iku
mata. Tondha yĕktine yen mata iku dhĕmĕn marang padhang, saupama
wong andĕlĕng papan kang jĕmbar, ditandhing karo andĕlĕng sajroning
sĕnthong kang rupak lan pĕtĕng, kapenak ing mata iya luwih kapnak ana ing
panggonan kang jĕmbar mau. Manawa mata kanggo andĕlĕng ana ing
pĕpĕtĕng kurang kĕdhepe, sabab kapĕksa mandĕng samubarang kang
didĕlĕng supaya katon cĕtha, wĕkasan karasa pĕgĕl, rasaning ati iya dadi
sumpĕg, ambekan ora landhung, gampang tuwuh ing lalara ing sajroning
awak.
Soroting srĕngenge ora bisa malĕbu ing omah marga saka rapĕting
pagĕre. Ananging pagĕr mau ora kukuh, panggarape daya-daya rampunga,
utawa yen pagĕr pring iya melik iride, mulane dadine pagĕr tipis tur rimpil,
wuwuh-wuwuh ĕnggone ngetrapake ora trĕp, dadi saru dinĕlĕng. Sawĕneh
ing panggonan ana omah kang pagĕr bata mĕntah, wragade luwih akeh
timbang pagĕr pring, ananging pamasange bata mau ora diarah-arah amurih
jĕjĕg lan rata, dadi mung pathok tamumpang, (h.6) tarkadhang sarampunge
ora dilepa, ora kapenak dinĕlĕng. Ana omah kang pagĕr gĕbyog, kayu rana
bĕcik, nanging panggarape kurang alus, dadi eman-eman kayune. Ana
kalane pagĕr-pagĕr mau dibathik-bathik sarana cet warna-warna, utawa
nganggo tir disĕlang-sĕling labur, rumasane bĕcik nanging malah sĕpĕt
dinĕlĕng, amarga ora karuwan aturane lan corake pating caloneh. Ora
ngĕmungake pagĕr omah bae dalah pagĕring glindhing utawa grobag akeh
kang ginawe kaya mangkono, kajabane dibathika pĕtha kakĕmbangan utawa
cĕplok-cĕplokan ana kang digambari wayang,kewan, utawa liya-liyapagne
kang ora mempĕr babar pisan.
Pagĕr sĕnthong ana kang dirangkĕpi kepang banjur digapit-gapit
pating slerang, dadi rupa kothak-kothakan pasagi utawa pasagi ambata,
nanging dinĕlĕng kaya barang tambalan, pating tĕremplek ora nyĕnĕngake.
Adĕging omah ing padesan angĕnĕr dalan, amurih adhakan kanggo
lunga tĕka, lan bisa andĕlĕng apa kang liwat ing dalan kono. Nanging isih
akeh omah kang adhĕpe anjarag ngungkurake dalan, dadi upama dalane ana
lor, lawanging omah ana king kidul, yen arĕp mĕnyang daplan mau kudu
mubĕng utawa mĕtu ngiringan omah. Sanajan wus tetela yen lawanging
omah kang mangkono mau angewuh-ewuhi lan nyanyuwel laku, apa dene
dinulu ora prayoga, ewa dene ora gĕlĕm ngowahi, pamurihe yen ana
pakewuh saka ing dalan, kang duwe omah enggal bisane oncat. Utawa
sarehning kĕmlaratan isin manawa sajroning omah kongsi katon ing akeh,
mulane lawanging omah mungkur, kang adhakan diambah iku dirapĕti.
Panĕmu kang mangkono iku ora prayoga, panunggalane nyujanani ala
marang (h.7) liyan. Rikuhe anggone katon miskin, nganti ninggal kalumrahan,
babasan wĕdi ing wawayangane dhewe. Malah ana maneh Wong many
nyirik omah madhĕp mangetan utawa mangulon, padha ngarani omah kang
mangkono iku sangar, dadi sanajan dalane gĕdhe mujur mangidul, adhĕping
omah mĕksa nurut ĕnĕring dalan, madhĕp mangidul lan madhĕp mangalor,
dalane dumunung ing ngiringane omah. Sajatine yen ora ditarekahi, omah
kang madhĕp mangetan utawa mangulon iku dhasar ora kapenak. Yen
madhĕp mangetan ing wayah esuk katlorong srĕngenge, kang madhĕp
ngulon kĕtlorong ing wayah sore, dadi soroting srĕngenge malĕbu ing omah
marakake panas, nanging yen dialang-alangi layar utawa ĕndi dalaning sorot
kang malĕbu ing omah ditanduri pĕpĕthetan lan kakayon kang anggrĕmbĕl,
wis mĕsthi bisa nyirnakake panas mau. Saking gugon tuhone kang tanpa
maton, luwih maneh saking kurang panĕmune, nganti ora bisa ngreka daya,
lan ora gĕlĕm ngowahi panĕmu kang uwis, kuwatir bakal kacilakan, awit
pitaya bangĕt dadi sangar. Ana panunggalane many disiriki ngatase
lawanging omah, iya iku yen nganggo butul lan kang dadi sagaris karo
lawang ngarĕp, piyandĕling anti marakake boros. Saupama nyata mangkono
wis mĕsthi wong kang omah nganggo lawang tĕrusan banjur mlarat kabeh,
mongka ora, dadi tetela pamikir kang mangkono iku ora gumathok.
Kahanan Sajroning Omah
Aliya saka dununging lawang-lawang, kalumrahane sabĕn lawang
sĕnthong padha diselehI aling -aling sĕmbagi, mori utawa liya-liyane, ana
(h.8) -nging aling-aling mau nganti salin rupa amarga saka rĕgĕde, ora tau
dikumbah. Wiwit tumraping lawang wis ora dibukak-bukak yen durung
patingsranthil, kang marakake enggal rĕgĕd utawa enggal amoh mau amarga
saka ora ngĕmungake digawe aling-aling base, kang kĕrĕp digawe usap-
usap tangan kang rĕged. Yen kabĕnĕr kasusu sok digawe nyrĕbeti pairing
utawa sangkir. Sahduwure lawang sĕnothing dirĕnggap lisir, kang digawe
mori disulam-sulam banyu mas utawa disulam bursi, ing pinggir digawe
patingkranthil, pangrasane kang nganggo iya luwĕs lan asri. Mongka
sanyatane katon patingtrembel tur patinggremyablah, ora asri nanging malah
ngrĕrĕgedi. Dununging sĕnothing kang dirĕngga-rĕngga mau padha
ngadhĕpake lawang, dadi adhakan katone, pamerange sajroning omah ora
kĕname kapasthekake. Yen omah mau mung siji Thom, ngadat perangan
kang buri digawe sĕnthong jejer loro, utawa telu. Sĕnthong mau ngadhĕpake
lawang. Turahane kang digawe sĕnthong kang sasisih didelehi amben, kang
tĕngah iya iku saantarane sakaguru dianggo jogan, kang sisih maneh
didelehi pagĕr lan ana lawange, iku digawe lawange. Amarga saka iku
manawa mangsane olah-olah, kukuse mulĕk ing sajroning omah, nganti
rĕkasa bisane ambĕkan. Saking lawase kambah kukus, rangken sarta
langitan dadi warna irĕng kaya ditarang, sawangan patingkranthil lan pating
krĕncang, banjur kawuwuhan langĕs diyan kang nganggo lĕnga ala, dalah
pagĕr lan kabeh sajroning omah padha kĕna ing langĕs. Sanajan bĕtah
manggon, pancene ing kala mangsane mamangan plan lungguhan iya sok
kalaraban sawang mau, apa sababe ora gĕlĕm nyaponi. Mongka was tetela
yen sawang lan langĕs mau didĕlĕng anglarani mata lan ngrĕgĕdi, ye
ngĕnani panganan dadi ngĕ (h.9) -rĕs. Kang ambabayani bangĕt manawa
katut ambĕkan, andadĕkake rĕgĕding kĕbul, wĕkasan dadi lara watuk lan
mĕngguk, yen lumĕbu ing mata dadi belekĕn, dene yen ngrebeli klasa utawa
sandhingan iya dadi rĕgĕd tur macĕt. Klasa kang digĕlar ing amben iku
kahanane ora beda karo aling-aling sĕnthong kang kasĕbut mau, aja mung
krebelan sawang dalah ditĕleki pitik uutawa diisingi anake iya mung cukup
dikuconi bae. Amben iku digawe turu, mangan, lulungguhan lan nĕmoni
dhayoh. Piranti kanggo sabĕndina arang disingkirake, tumpukanana ing
amben, bantal jarik kanggo kĕmul, sandhangan kang rĕgĕd durung digirah,
sĕnthir, ajug-ajug, malah tarkadhang cĕthing utawa buntĕlan kumpul ana ing
amben. Samongsa parlu kanggo nĕmoni dhayoh, barang-barang mung
disisihake bae, waton lan cagaking amben apa dene saka-saka utawa ing
blandar, kang adhakan bangĕt ing pipen lawang, iku kabeh mĕsthi padha
patingsaloneh kanggo ngusar-usarake ĕnjĕting dariji kang diluthik kanggo
nginang. Malah ana kang dijarag dilotheki ĕnjĕt atharik-tharik , iku kanggo
cathĕtan rupa-rupa. Ana kang kanggo pepengĕt nicil utang, lan petungan
kehing bĕras kang dianggo, sapanunggalane. Padoning amben utawa
sĕnthong kang ngisor pating jlareh tilas didubangi, ngadat sacĕdhaking
amben diselehi gantar utawa tambang kanggo sampiran. Ĕndi kang rupa
sandhangan iya banjur disampirake ing kono, didĕlĕng nganti kaya dhasaran
prombengan. Mulane sampiran diseleh cĕdhak amben, pamurihe gampang
anjupuk sandhangan. Longaning amben banjur kanggo kandhang pitik, lan
kanggo andeleh barang warna-warna, kayata: pacul, arit, kayu, malah
kanggo andeleh tela, kimpul kang ditandho. Mongka longan mau ora tau
(h.10) disaponi, ambuning tĕmbĕlek andadekake rĕgĕding awa, anuwuhake
lalara warna-warna. Sĕnthog kang kabĕnĕr karo lawang omah, iku lumrahe
kanggo pasren, ora tau dituroni , ing jĕro didelehi bothekan, tarkadhang ana
pangilone. Sakiwa-tĕngĕning othekan didelehi bantal tumpuk-tumpuk.
Sĕnthong iku diarani patanen utawa pasren, jare nyadhiyani pasareyane dewi
Sri yen tĕdhak. Nanging saking weyane, bantal kang dideleh kono mau ora
tau diulah-ulah, nganti atos lan madhĕt kapuke, malah manawa katuruhan
utawa diuyuhi tikus sapapadhane iya ora sumurup. Sĕnthong kang panci
dituroni, ora ngĕmungake isi bakakas paturon bae, ana bothekan, pĕthi,
gagaman, kang rada pangaji, lan liya-liyane kang sakira aja nganti katon ing
liyan iya dideleh ing paturon. Saking ora bisane mrĕnahake barang, dalah ing
pagĕr ana kang didelehi palangan pring kanggo numpngake kothak utawa
kas. Iku kanggo wadhah layang, kur’an, diwor karoo kikir, tatah, klobot,
tĕmbako, katon kaya susuh, luwih maneh grabah lĕmah lan piranti ing
pawon, dununge patingtalecek ora diprĕnahake, sanajan wis ana kang reka-
reka gawa paga, nanging sking ora mikire, wĕkasan dudu panggonane ing
paga, iya dideleh ing kono. Kaya mangkono kalumrahane wong desa kang
omahe mung siji, dene kang omahe loro utawa luwih, wis ana pandhapane
lan ana pawone, iya mĕksa ora ana kang pangaturan. Wong kang ngingu
kewan raja kaya, samar bokmanawa kewane ilang, mula rina wĕngi dideleh
ing omah, cĕdhak paturone dhewe, tlepong (h.11) lan uwuh ing kewan mau
pambuwange kurang rĕsik, dadi isih mambu, malah kang tumindak ing
pagunungan, sarĕhning padha ngupaya tlepong lan ngipaya uwuh kanggo
ngĕmeni tatanduran, dadi jagan lan pandhapane kĕbak isi lĕmen, sanajan
ana panggonane dhewe, iya kudu cĕdhak omah, rupaya gampang
pangrĕksane,mulane isih mambu saka ing omah. Dadi pamikire wong akeh,
ambon kang ora enak, papan kang pĕtĕng la rĕgĕd, apa dene barang ora
pangaturan, iku anggĕpe ora dadi apa, ora pisan ngĕrti yen panggonan omah
kaya mĕngkono mau marakake lalara, jalaran saka hawa kang disĕrot
kanggo ambĕkan ora bĕcik.
Pakarangan ing Desa
Mungguh panguripane wong padesan iku lumrah padha tatanen, iya iku
anggarap lĕmah. Ewa samono arang bangĕt kang gĕlĕm marsudi bĕciking
pakarangan. Yen ambatur omah mung daya-daya rampung, ora pati dhuwur,
lan pinggirane mubĕng lĕncĕng. Ana kang gĕlĕm ambatur sarana watu
diplisirake mubĕng, ananging tanpa kĕnthĕng, mangkono uga pamasange
watu mau ora patiya kukuh, lan ora padha endhek-dhuwure, mulane ora
lawas banjur patingblĕsar, tarkadhang anyilakani, sabab nalika diĕnciki watu
mau angglewang, daddi nibakake. Ĕlĕting pagĕr karo tritisan ora patiya
omba, dadi samongsa udan, banyu ing tritis mau padha nyiprat marang
pagĕr, andadekake bĕbrĕg, tritikaning omah padha patingbĕnjul, malah
lĕmang kangg ambaludhuk banjur digĕrongi amarga dicekeri pitik, iku ora
diopeni babar pisan, manawa pinuju aras-arasĕn, a (h.12) -nake ngising
mung diprĕnahake ing tritisan kono, rĕrĕgĕde dithotholi lan dicekeri pitik,
wekasan pitike mungguh ing amben, iku uga dianggĕp ora dadi apa. Racak-
rcake sangarĕping omah iya padha ana latare, nanging tangeh gĕlĕme
mulasara. Kang pancen mĕndhak mandukul apa maneh ana watune pating
jlĕgunuk, ing mangsa tĕrangan lĕmah mau ambalĕdug, lĕbune lumĕbu ing
omah, ora ana kang gĕlĕm nyirami. Kaburing blĕdug mau andadekake
rĕgĕding samubarang, yen katut ambĕkan dadi lara watuk, pilĕk, yen lumĕbu
ing mata dadi lara mata. Yen kĕlawasĕn tumempel ing awak dadi koreng lan
plĕnthing, sabab lĕbu iku asale saka rĕrĕgĕd lan ĕrĕs-ĕrĕs warna-warna
kang wis ajur. Ing wayah rĕndhĕng latare jĕblog kaya blĕthokan, luwih maneh
yen kanggo nancang kewan, sangsaya jĕblog kongsi kewuhan anggone
ngambah. Saking kĕsede ĕndi kang pĕrlu diambah mau banjur didelehi watu
jejer-jejer kongsi tĕkan lawang, ana maneh kang didelehi blabag kinira cukup
kanggo mowot bae. Dene latar kang padha thukul sukĕte nganti anjĕmbrung
bangĕt, kimbuhan diisingi asu, kucing utawa pitik, ora dirĕsiki, mongka
kanggo dolan bocah, dadi awake gatĕlĕn lan patingplĕnthing padha korengĕn
pakarangan kang ana sakiwa lan tĕngĕne, apa dene burining omah kang ora
kanggo,iya padha digawe pakĕbonan, ditanduri pala pĕndhĕm, janganan lan
liya-liyane, ananging panandure mau ora diatur lan ora mapan, malah ora
dipulasara, mulane wujuding tanduran mau ora nyĕnĕngake. Sacĕdhaking
omah ditanduri kara, waluh jipang, lan sapapadhane kang rĕsĕk-rĕsĕk katon
pĕtĕng lan singup, sangisore kang ngrĕmbuyuk mau ora disaponi, kleyange
padha bosok lan marakake jĕ (h.13) -mĕk, wusana ana ĕrange, yen
diambbah ngeani sikil dadi gatĕlĕn lan abuh. Tuwuhing lalara ora liya mung
amarga saka ora rĕsikan. Malah ing ngĕndi panggonan kang wis akeh
rĕgĕde, soh banjur digawe pawuhan sisan, apa bae kangg arĕp dibuwang iya
mrono parane, saya lawas saya mundhuk-mundhuk lan ngundhung-undhung.
Wong desa kang rada sugih ana kang duwe lumbung, kandhang
gĕdhogan, omah wadhah kayu lan kanggo turu, dene ing buri ana padusan
lan pakiwan. Sanadyan mangkonoa ora malah dadi bĕcik, amarga dununging
lumbung sapapadhane mau ora kanthi dipikir amurih pantĕse, apa dene
panggarape sarwa kasar. Luwih maneh manawa wis lawas, payone
patingplompong, pagĕre pating gremblah, sakane dhoyong, ana kang wis
popol marga dipangan rayap utawa bubukĕn, saya ora pantĕs didĕlĕng.
Padusan lan pakiwan maune iya rapĕt, nanging manawa wis wataralawas wis
ora diparduli, sanadyan pagĕr lan payone amoh ora gĕlĕm andandani.
Sawĕneh kongsi palangane pakiwan iku ambrol, ambilaheni marang kang
kabĕnĕr ambubut. Wong-wong iya ana kang gĕlĕm gawe sumur, ngarah oleh
banyu kang rĕsik, ananging sawise dadi salawase ora gĕlĕm mulasara murih
banyu mau lĕstari rĕsik. Pacĕren ing sumur kono ora ditata lan digawekake
ilen-ilen, mmulane tarkadhang banyu kang wis kanggo banjur bali mĕnyang
sumur maneh, pacĕrene mambĕg angambon-amboni.
Kajaba kang wis kasĕbut mau, isih akeh kahanane bale pomahan ing
padesan kang durung dicaritakake, ananging kaya-kaya iku bae kanggo
nuduh-nuduhake lan ngĕrtekake cacade ĕnggone padha duwe omah lan
pakarangan. Manawa wong desa utawa wong cilik wis dhamang (h.14) lan
rumangsa weyane, saka sathithik bisa ngowahi, kang rimpi digawe kukuh,
kang ala dibĕcikake, kang rĕgĕd dirĕsikake, apa dene kang durung ditata
banjur diatur, kang saru dirudipantesake, sĕlot-sĕlota ora lawas bisa saya
prayoga. Awit manawa wis ngĕrti pigunane, lan gĕlĕm anggarap, apa dene
dhĕmĕn, wis mĕsthi bisa kalakon. Barang kang endah-endah ora bisa duwe
yen ora sarana dhuwit akeh, bali kaprayoga lan pantĕsing omah-omah ora
susah nganggo kanthi dhuwit, kanthine tumĕmĕn, pratikĕl, tlaten lan rĕsikan.
Awit omah ing tanah Jawa iki kang ana ing desa racak padh nganggo
dandanan pring, mongka sabĕn desa wis mĕsthi ana ĕpringe, tukuwa iya ora
larang. Luwih maneh bĕcikinng lĕmah pakarangan, anggĕr gĕlĕm baoni
dhewe, wis ora bakal cucul dhuwit babar pisan.
Supaya ngĕrtiya kepriye bĕcike mranata omah lan pakarangan, ing ngisor
iki ana pratelane sawatara, kanggo nununtun kang dhasar gĕlĕm lan bisa.
Prayogane Omah
Ing tanah Jawa kene wis akeh omah kang bĕcik. Wangun, rĕrĕnggan lan
panatane beda-beda, amarga manut carane lan lumrahing bongsa kang
padha ngĕnggoni, kaya ta: omahe wong Cina, Arab, Koja, bongsa Eropah lan
sapanunggalane. Sanajan wong monca mau dudunung king tanah Jawa,
nanging anggone omah-omah lan pangaturane wis mĕsthi niru nalika ana ing
nagarane. Omah-omah yen ditandhing-tandhing wis mĕsthi akeh kang
dhĕmĕn niru omah ing bongsa Eropah, ora ngĕ (h.15) -mungake pasang
rakite omah base, malah prabot lan rĕrĕngganing omah sapakarangane
pisan ing sabisa-bisa arĕp nyonto. Amarga kang lumrah omah lan
pakarangan kang diĕnggoni bangs a Eropah iku mĕsthi katon asri, rĕsik lan
pantĕs. Sanajan kang kanggo mraboti plan ngrĕngga omah may ora sapiraa
pangajine, ewa dene iya wuwuh ngĕngrĕng lan patut. Mangkono uga
pakarangan sakiwa-tĕngĕning omah ora kĕna ora tansah rĕsik rain plan
pangaturan. Tatandurane amĕpĕki, kabeh nyĕnĕngake dinĕlĕng. Watĕs-
watĕsing batur, tritis, plataran lan pakĕbonan katon cĕtha. Sapa kang
andĕlĕng banjur ngĕrti sanalika, dalasan dalan saka emper ngarĕp
mĕnyang kiwa-tĕngĕning omah, lan kang mĕnyang dalan gĕdhe, apa dene
kang mĕnyang buri, iku wis dipilah-pilah amuwuhi asri lan bagusing
pomahan.
Mungguh satĕmĕne gawe omah iku ora parlu gĕdhe-gĕdhe, diarah-araha
ing sacukupe, saolah-olah wangune kang bĕcik. Mungguh kang diarani
wangun kang bĕcik iku, kang timbang blandar pangĕrĕte sarta dhuwure, apa
mqneh ditandhing karo Bakal wanguning omah. Saking ora kulinane
anyumurupi lan nandhing-nandhing, dadi omah-omah ing padesan iku arang
kang bĕcik rupa plan wangune, ana kang kĕdawan, ana kang kĕcĕndhakĕn,
plan sapanunggalane. Malah kang akeh panggawene omah mau ora mikir
ala bĕciking wangune, nanging metung trĕping petungan kang lumrah
ditindakake ing padesan, kaya ta: ganĕping pĕcak lan ukurane blandar
pangĕrĕt kang petungane tiba slamĕt plan oleh rĕjĕki akeh, mangkono uga
cacahing usuk uga nganggo diwilang, amurih ĕnteking wilangan tiba kang
bĕcik. Amarga saka iku wangune omah wis mĕsthi ora bisa timbang, Sabah
amburu petung, mongka pe (h.16) -tungan mau tetela goroh, saupama nyata
yen was manut petungan iku dadi rahayu wis mĕsthi Wong desa padha
rahayu kabeh, mongka kahanane kosokbalen, dadi petungan kang diantĕpi
ora migunani, omahe was kabanjur wangune ala.
Sawise ngukur blandar pangĕrĕt lan cagak-cagake, adon-adoning
babalungan digaweya kang trĕp rapĕt, pamasange kang jĕjĕg dadi ora
enggal dhoyong. Pagĕr-pagĕre saoleh-olehmdigawe kang kukuh rata, lan
rapĕt gathuke lan pagĕr liyane, dawa lan dhuwuring pagĕr bisa atrĕp karo
kang arĕp dipagĕri, aja nganti nyambung utawa nembel. Pamasange ĕmpyak
utawa usuk, mayate digaweya kang pantĕs, yen kĕdhoyongĕn lakuning
banyu kurang santĕr, iku angĕbot-ĕboti bageyan ngisor, lan enggal
ngusakake payon. Yen kĕngadĕgĕn iya ora prayoga.
Adĕging omah diarah-araha ana tĕngah-tĕngahing pakarangan, dadi
lĕmah sakiwa-tĕngĕning omah bisaa Padua ambane, mungguh maju-
munduring omah iya kakira-kiraa platarane aja kambanĕn, nanging aja
kĕciyutĕn, lan maneh adhĕping omah mau saoleh-oleh ngĕnĕr mĕnyang
dalan, aja ngungkurake, pakolehe jĕmbar pandĕlĕnge, lawang ngarĕp yen
mung siji kaprĕnahna ing tĕngah bĕnĕr, dene yen ana loro utawa tĕlu ĕtrĕpe
kaukura amurih lĕte padha, kang wis kalakon panggawene lawang iku padha
ciyut-ciyut tur cĕndhek, iku satĕmĕne kurang prayoga, wong kang mlĕby
metu ing omah kĕpĕksa andhingkluk, kala-kala banjur kĕjĕglug. Lawang
kang kĕciyutĕn katon nyalingup, tur sajroning omah dadi kurang padhang.
Sakiwa-tĕngĕning lawang manawa parlu: prayoga didelehi jandhela, kanggo
muwuhi padhange sajroning o (h.17) -mah lan muwuhi lira-liruning hawa saka
ing jaba. Nanging dununging jandhela mau diukura tumiba ing tĕngah-
tĕngah, aja kongsi menceng, mangkono uga gĕdhe-ciliking jandhela
katimbanga karo lawange. Manawa wuwuhan papadhang sajroning omah
mau ora gĕlĕm nganggo jandhela ing pagĕr, amarga kuwatir panggawening
durjana, iya kĕna muwuhi padhang saka payon asarana didelehi kaca. Dadi
sabisa-bisa omah iku bĕcik kang rapĕt, nanging kang cukup padhange,
pamurihe yĕn andĕlĕng sajroning omah bisa cĕtha, padhanging pandĕlĕng
anglĕgakake lan madhangake pikir, ora krasa sumpĕk, ambĕkan lan awake
iya kapenak lan jĕnjĕm, ora gampang kĕna ing lalara. Uriping wong kanthi
ambĕkan, iya iku nyĕrot hawa kang bĕcik ngĕtokake hawa kang ala utawa
rĕgĕd. Yen kang disĕrot mau hawa kurang rĕsik, ambĕkane cĕkak, iku
parlune sajroning omah kudu cukup bolongane, supaya hawa rĕgĕd sajroning
omah gampang lungane banjur oleh liru hawa bĕcik saka ing jaba. Panasing
srĕngenge uga parlu lumĕbu ing omah, paedahe ngenggalake lungane hawa
ala, oleh hawa bĕcik. Para bongsa Eropah pangrĕksane kawarasaning awak
wus tanpa timbang, sanajan omahe wis cukup lĕbu-wĕtuning hawa, ewa
dene isih nganggo pitulungan maneh, iya iku tatandurasn kang warna ijo
arĕmu-rĕmu dideleh ing pot, ana kang katemplokake ing pagĕr, ana kang
ditata ing tritisan, kabeh mau ora ngĕmungake kanggo asren-asren bae, kang
parlu bangĕt iya iku ngrĕsikake hawa amurih kapenaking ambĕkan, sabab
sawarnaning tatanduran iku nyĕrot hawa ala, ngĕtokake hawa bĕcik kang
dianggo ing masnungsa, amurih kapenaking awak.
(h.18) Panatane Jĕroning omah
Ora cukup omah iku mung lira-liru hawa bae, pamerange sajroning omah
iya kudu kang prayoga. ĕndi kang pancen kanggo paturon, lan ĕndi kang
kanggo ngrumat barang, apa dene kang kanggo lungguhan, iku kaajĕgna
saparlune, dadi aja worsuh kaya kang kapratelakake ing ngarĕp. Paturon aja
diĕnggo mangan, aja turu ing panggonan kang panci kanggo lungguh,
mangkono maneh pawon utawa paga aja kanggo andeleh sandhangan. Yen
bisa pamerange, kaya-kaya omah ing padesan iku bakal ora sĕsak kanggo
nyimpĕn barang-barange, apa maneh kang omahe nganti loro utawa luwih,
ewa samono kang uwis-uwis iku sajroning omah padha patingjalĕmpah.:-)
Gedheya cilika siji-sijining omah iku rak kĕna kaperang dadi sangang
plong. Kang tĕlung plong bageyan emper buri, kang tĕlung plong maneh
bageyan emper ngarĕp, kang tĕlung plong maneh bageyaning tĕngah, iya iku
sauruting molo. Saka bageyan sanga mau kang loro utawa tĕlung plong
sakiwa-tĕngĕning sakaguru kagaweya paturon, ing saantarane sakaguru
kanggo jogane. saplong bageyan buri kanggo olah-olah, dene tĕlung plong
ngarĕp dijupuk kang saperangan maneh kanggo papan mangan. Manawa
ora duwe lĕmari kanggo wadhah sandhangan iya bĕcik uga sandhangane
dideleh ing paturon, anggĕr ditata lan diprĕnahake kang bĕnĕr. Manawa ciyut
ora ana alangane padha mangan ana ing amben mau, anggĕre sarampunge
mangan dirĕsiki. Ora kurang wong padesan kang duwe akal, andeleh barang
piranti ana ing langitan utawa ing para, kiku luwih prayoga, jang (h.19) -ji
panggawene para mau kukuh lan prĕnah. digawe nyimpĕn pacul, linggis, arit
lan sapanunggalane. Barang kang cilik-cilik arupa gĕbyas, tĕmpolong. ĕrek
lan liya-liyane kĕna kapapanake ing pagĕr sarana kas utawa kothakan.
Papan pangisisan sandhangan tĕlĕs, apa dene sampiran iya kudu ana, ana
ing dununge kang rada kiwa. Sandhangan kang ora parlu dianggo, manawa
wis rĕsik kalĕmpita banjur dirawati, kang rĕgĕd aja kongsi kasep enggal
diwasuh, dadi kringĕt utawa rĕrĕgĕde ora kongsi macĕt, wusana ora mambu
lan ora enggal bĕdhah, pakolehe yen dianggo krasa kapenak, seje
sandhangan rĕgĕd ana ing awak risi tur anyĕs.
Sarehning barang darbeke lan isen-isen ing sajroning omah ora kĕna
katĕmtokake, karoncĕn yen kapratelakna kabeh. Cĕkake bae, ing sabisa-bisa
apa kang ana sajroning omah diprĕnahna kang ajĕg, barang kang kapara
saru utawa rowa lan kang arang-arang kanggo kasadhiyanana ĕnggon kang
rada kiwa. Sabĕn dina pirang-pirang warna barang kang kudu diĕnggo,
nanging manawa uwis kabalekna ing ngĕndi panggonane kang mĕsthi.
Pandelehe barang ora kĕna ora kudu kang tata, aja patingbĕsasik. Sing sapa
kapengin bagas kawarasan, aja kĕlalen gawe rĕsiking omah, rĕsik iku kang
parlu kanggo kanthining urip. Amarga saka iku: omah, ĕmpyak, pagĕr, kabeh
bae aja kongsi rĕgĕd. Barang kang patingslĕbar iya katon rĕgĕd, agawe
sĕpĕting pandĕngan. Poma aja talompe angrĕsiki omah saisine, pirang bara
pagĕr-pagĕr lan langitaning omah gĕlĕm anglabur putih, pakolehe amuwuhi
padhang sumĕblak. Sapa-sapa kang manggon ing padunungan kang rĕsik,
wis mĕsthi jĕnjĕm lungguhe, sĕnĕng atine, amarga pandĕlĕnge sarwa ju
(h.20) -wera, pikire lĕga, kabeh mau amuwuhi sĕgĕr kuwarasan. Sumurup
patuwuhing lalara ing awak iku meh kabeh marga saka rĕgĕd. ana kang saka
rĕgĕding pangane, saka rĕgĕding hawa, rĕgĕding panggonan lan rĕgĕding
sandhangan, apa dene rĕgĕding awak sapanunggalane tular-tumular
anggĕpok peranganing anggota utawa jerowan, banjur nandhang lara.
Samongsa omah saisine wis rĕsik, dadi kang ngĕnggoni iya kulina lan
dhĕmĕn rĕsik. pangane, panganggone, padunungane dalah awake mĕsthi
manuh rĕsik, tangeh bisane gampang kambah ing lalara. Urut-urutane
manawa wis dhĕmĕn tĕmĕnan marang rĕsik, atine lan bubudene kang rĕgĕd
ora susah diparentah, iya dadi budi rĕsik.
Pangupakarane Pakarangan Sakubĕnge Omah
Ing ngarĕp wis kapratelakake, uriping wong padesan iku meh kabeh
lantaran ngolah lĕmah, nanandur samubarang kang maedahi. Dadi ora mung
kĕna bae, nanging mĕsthi pakarangan sakiwa-tĕngĕning omah iya
ditandurana apa-apa kang bisa mitulungi pangan lan kabutuhan sawatara.
Tumraping padesan ora parlu nandur kang kanggo asen-asren, kayata:
bengsa pakis, andong, krokot sapapadhane kang tanpa asil. Ing saiki iya wis
akeh kang gĕlĕm nanandur ing pakarangan, nanging cacade ora nganggo
pranatan, trakadhang ora diopeni dadi ora ana pamĕtune, malah angala-
alani.
Mungguh prayogane sakubĕnging batur omah kang bĕnĕr tritis
ditatanana krakal utawa didelehi wĕdhi, dadi tetesing banyu ora ngrusakake
batur omah, tur ora jĕblog, saoleh-o (h.21) -leh pakarangan iku kagaweya
miring sawatara, samongsane banyu ora ngĕmbĕng lan enggal mili marang
pagonan liya, dadi pakarangane ora jĕmbĕr lan ora bacĕk. ĕndi lĕmah kang
mandhukul dirataa, lan kang ĕndhek diuruga pamrih dadi rata. watu kang
sakira kĕna disingkirake ora kalawan rĕkasa, aja kongsi ana ing tĕngah, iya
kapapakna ing pinggir utawa kabuwang, yen duwe karĕp murih bĕciking
pakarangan, ditalaten panggarape saka sathithik, amĕsthi lawas-lawas bisa
rampung, ora nganggo wragad dhuwit. Ana sawĕneh ing panggonan kang
lĕmahe kĕna digawe bata utawa gĕndheng, samongsa papane dhuwur,
nĕdya dicĕndhekake, dhudhukane lĕmah mau ora dibuwang, padhadicithaki,
dadi oleh rata pakarangane, tur oleh bata. Papan kang pancene rata mongka
ing kono ĕndhek, iku kauruga, panjupuke lĕmah miliha panggonan kang kiwa,
parlune luwangane ing tĕmbe kanggo pambuwangan uwuh. Samong
pawuhane mau kacĕdhakĕn karo omah, lan dununge adhakan, ambuning
rĕrĕgĕd lumĕbu marang omah, marakake lalara, lan bisa uga ana bocah
utawa wong kang kacĕmplung mrono.
Papan kang pancen kanggo latar kapasthekna omba-ciyute, ing sabisa-
bisa dumunungna sangarĕping omah bĕnĕr, lan wanguning latar digaweya
pasagi utawa malĕngkung, panjupuke manut ananing lĕmahe, nanging
kanthiya ukuran kang bĕnĕr. Urut watĕsa latar mubĕng kena ditanduri jĕruk
pĕcĕl, jambu dĕrsana sapanunggalane wit-witan kang cilik-cilik lan mĕtu
asile. Ing sĕla-sĕlane dicĕblokana bodin, gandhul utawa katu. Ana pakolehe
tur ora mĕtĕngi, sabab godhonge ora patiya kĕtĕl, tatanduran mau prasasat
dadi garis watĕsing latar. Dene ma (h.22) -nawa saka latar tĕkaning watĕs
pakarangan ing ngarĕp isih ana cĕlane, iya prayoga ditanduri apa kang bisa
mĕtu, nanging kang ora saru, kaya ta: kĕncur, talĕs, jae utawa kĕmbang
mawar. Longopan saka dalan lumĕbune ing latar kagaweya kang sĕdhĕng
omba-ciyute, kdelehan inĕp utawa tĕtĕg kang bakuh lan tyutyup ing wayah
bĕngi, dasi kajaba dalan kang wus kapasthekake, sakubĕnging pakarangan
kudu rapĕt, sarana ditanduri turus, utawa dibĕtheki kang santosa, yen cĕdhak
omah aja nandur turus kang gĕdhe-gĕdhe, kaya ta: waru, dhadhap, luwupih
maneh pring, awit samongsa dhuwure wis ngungkuli omah, amĕsthi ngayom-
ayomi, ambĕbrĕkake payon utawa ĕmpyak. Turus kang gĕdhe kang prayoga
dhewe mung randhu, uwite enggal gĕdhe, godhonge ora kĕtĕl, wohe
migunani bangĕt, sadurunge cukup, sabĕn wit randhu mau wis dhuwur, ing
mongsa tĕrang ditutuhana, turuse katlĕcarake maneh, lawas-lawas
sakubĕnging pakarangan mau kĕtanduran randhu kabeh. Yen arĕp nganggo
turus kang enggal andadi tur bĕcik didĕlĕng, iya iku: pricindhani, wora-wari
bang, lan luntus, samongsa wis nak-kumanak, ora susah ambĕtheki, anggĕr
digapit bae wis bisa rapĕt tur rajin.
Sakiwa-tĕngĕning omah kudu ana dalane mĕnyang buri, watĕsing dalan
iya katandurana kaya watĕsing latar mau, yen isih ana turahane lĕmah banjur
katandurana: lombok, terong, lan janganan liya-liyane kang ora ngrĕsĕki
ĕnggon. Yen papane tĕnggar prayoga ditanduri suruh, karambatake ing turus
kelor utawa randhu ing dhadhah iku, banjur dianjang-anjangi. Sajroning
dhadhah mubĕng kĕna ditanduri uwi, yen uwi saurip dilanjari kang dhuwur lan
kukuh. Dene manawa arĕ (h.23) -p nanandur kang sarwa anggrĕmbĕl, kaya
ta: kara, waluh, waluh jipang, iku aja anq ing ngarĕp, nanging katandura ing
buri utawa urut dhadhah kang adoh ing omah, sabab tanduran mau kala-kala
diĕnggoni ula, yen kĕcĕdhakĕn omah saru tur bisa nusahi.
Ora lĕmah omba bae kang kĕna ditanduri, sanadyqan ciyut lan rupak iya
ora beda, mung tanduraner bae kang pilihna cukupe papan samono. Ora
kurang tatanduran sakubĕnging omah kang makolehi, mulane dipĕpakana,
kang kĕna diundhuh sabĕndina kanggo parlune dhewe, kaya ta: suruh,
bayĕm keyong, katu, gandhal tĕlu utawa patang uwit kang uwis awoh, kena
dipek wohe, lan godhonge sapasar sapisan kanggo janganan, woher luwih
prayoga yen diundhuh matĕng, payune pangaji tur wite ora rusak.
Tatanduran kang kĕnas diundhuh sabĕn sasi, kaya ta: lumbu, waluh jipang,
godhong gĕdhang lan kĕcombrang. Kang bisa ngundhuh sawise tĕlung sasi,
kaya ta: tela pĕndhĕm, kara, lan bongsa kacang. Tĕbu, bodin, gĕdhang, bisa
ngundhuh sawise sangasng sasi, gĕdhene sataun. Manawa gĕlĕm nandurb
cangkokan jĕruk , jambu, sawo manila, dlima, ing sabĕn taun kĕna
kapasthekake awoh. Kang kasĕbut kabeh mau kĕna katandur sakukĕnging
omah, yen isih jĕmbar pakarangane, ing padon-padon utawa pinggir kang
adoh ing omah, prayoga ditanduri klapa, dhuku, nongka, manggis, pĕlĕm,
sabangsane kaya taun.
Pangrĕkasane Tanduran
Uraping wong ing sabisa-bisa ngarah bagas kawarasane, yen ngĕlih ma
(h.24) -ngan, yen lara diihtiyarake tomba, uriping tatanduran iya mangkono.
Kang dipangan wit-witan kajupuk saka sajroning lĕmah, gampange kudu
mangan lĕmen. Apa tatanduran iya ana lalarane, wya sadhengah kang urip
mĕsthi duwe lalara. Warna-warna lalaraning tatanduran, kaya ta: kurang
lĕmen, dipangan ulĕr, pĕdhot oyode, kĕna ing jamur, kayoman, hoyag, lan
liya-liyane. Samangsa lalarane mau ora enggal oleh tomba, iya kĕbanjur
uripe gĕring utawa mati babar pisan, awit saka iku wong kang pancen
dhĕmĕn marang tatanduran, apa maneh angarĕp-arĕp marang bĕciking
pamĕtu, kudu tlaten ĕnggone ngupakara. Yen wite gĕring, sanadyan mĕtuwa
wohe iya kurang prayoga lan kurang enak. Sabĕn wong wis mĕsthi ngĕrtine
andĕlĕng tatanduran kang subur lan kang gĕring, lan iya wĕruh kang dadi
lalarane. Ing mangsane nganggur, tatanduran ing pakarangane katitipriksaa,
ĕndi kang kurang lĕmen tumuli didelehana lĕmen, sabab olehe lĕmen
ingatase ana ing padesan gampang bangĕt, bosokan talethong utawa
bosokan iku kang dadi lĕmen. Manawa sumurup tanduran kang godhonge
dipangan ulĕr, ulĕre dipatenana kang tapis, aja kaliwatan. Panganggĕpe
kang kurang nalar, ora dadi ngapa yen godhonge ulĕrĕn, dumeh kang diarah
uwohe, panĕmu kang kaya mangkono iku kĕliru bangĕt. Godhong iku
mungguhing wong irung, iya iku piranti ambĕkan. Lumahing godhong kang
sasisih piranti nyĕrot hawa diwaratakake saurute wit, lumah sijine angĕtokake
hawa kang wis ora kanggo, dadi tatanduran kang rusak godhonge, padha
karo wong kang rĕkasa ĕnggone ambĕkan, mulane uripe iya ora lĕmu. Sawĕ
(h.25) -nehing wong ngira, sarehning oyoding tatanduran mau adoh saka
uwit, saupama rantas utawa pĕdhot, iya ora dadi ngapa. Mongka oyod iku
padhane cangkĕm, piranti mangan pangane saka lĕmah, sumrambah tĕkan
pucuk pisan. Oyod kang wis rantas ora bisa mangan, panganing uwit dadi
kurang, uripe mĕsthi gĕring, kajaba mangkono, oyod-oyodan iku kanggo
pakukuh adĕging uwit, manawa ditatasi adeging uwit, kurang santosa,
samongsa ana angin obah-obah kongsi ngewahake oyod liyane, lawas-lawas
bisa uga rungkad. Saupama wit-witan tansah dioyag-oyag, oyode kĕrĕp
owah, wis mĕsthi mati, amarga oyod mau ora bisa anjupuk pangan, mulane
yen nandur mangkokan utawa ngĕlih wit-witan, panguruge diarah-araha aja
ngowahake oyod, sawise diurug banjur dideleh ana adĕg-adĕg kang
kukuh,mpamurihe samingsa wit mau obah, oyode aja milu obah. Lawas-
lawas oyode nglilir tumancĕb ing lĕmah, bisa anjupuk pangan, iku kang
ditandur lagi bisa urip. Thuthukulan kang uripe tumemplok, kaya ta: simbar,
picisan jalumampang, kĕmladheyan, anggrek warna-warna, iku milu mangan
panganing wit-witan kang ditemploki, dadi iya nyuda lĕmuning wit-witan,
mulane parlu dibuwangi. Luwih maneh wit-witan kang kĕna ing jamur brama
utawa jamur upas, yen kongsi kasep ora konangan, jamur mau banjur
mraman-mraman, tandurane mati. Samongsa ana jamur upas utawa jamur
brama tumemplek ing wit, warnane mruntus-mruntus kuning sulak abang,
jamur mau enggal dikĕrika kang pandhĕs, dadi ora kongsi mateni tanduran.
Sanajan ora kĕna ing lalara, kaya kang wis kasĕbut mau, manawa ora a
(h.26) -na tanduran kang kayoman iya ora bisa lĕmu, amarga soroting
srĕngenge lan hawa kang disĕrot ing tanduran iku kurang akeh, prayogane
ĕndi kang ngayomi mau banjur dibabad, samono iku yen kang ngayomi mau
kasile mung sathithik tinimbang kang kayoman. Pangrĕksane tatanduran mau
manawa ditlateni kaya mangkono, wis mĕsthi nyĕnĕngake ati, pangarĕp-
arĕpe ngundhuh wohe bakal kasambadan.
Ana maneh kang parlu dipratelakake, sadhengah wowohan kang
pangundhuhe durung matĕng lan durung katon tuwane, iku satĕmĕne
ngrusakake uwit, tur rasaning wowohan mau iya kurang enak. Kajaba
wowohan kang pancen kanggo pentile utawa enake yen ĕnom, kaya ta:
jambe, boncis utawa kapri. Kalumrahaning padesan, wowohan kang pancene
diĕnteni matĕnge ing uwit, durung mongsa diundhuhi, kaya ta: gĕdhang,
pĕlĕm, nanas, duren, salak lan liya-liyane, matĕnge sarana diomprongi utawa
diimbu. Dadi ora matĕng tĕmĕnan, ananging matĕng kĕpĕksa. Kang
mangkono mau uwohe kang keri-keri banjur kurang prayoga, wohe cilik-cilik
tur mung sathithik, tarkadhang padha ciri ulĕrĕn utawa bongkengĕn lan
bongka. Tondha yĕktine, jĕruk kang mau diundhuhi ĕnom-ĕnom, ing
mangsane awoh maneh iya suda, pĕntile iku padha mĕtu blĕndoke lan akeh
kang gogrog. Wowohan liyane iya mangkono, mulane kapengina dikaya
ngapa, utawa kapepeta ing kabutuhan, saoleh-oleh dicĕgah, aja ngundhuhi
wowohan kang durung mongsa, bĕcik diĕnteni nganti matĕnge tĕmĕnan.
Manawa wowohan mau kuwatir rusak amarga ama codhot utawa kalong,
gampang ditrekahi sarana didelehi koplokan utawa dibrongsongi, (h.27)
wowohan kang matĕng ing uwit ing palataran utawa ing pakarangan,
amuwuhi asri, lan menginake.
Dununging Kandhang utawa Lumbung Sapanunggalane
Ora ngĕmungake palataran lan tanduran kang ngrĕsĕpake pandĕlĕng,
angrĕnggani pakarangan. Omah cilik-cilik kang rupa lumbung, gĕdhogan,
wadhah lumbung sapanunggalane iya muwuhi ngĕngrĕng. Kuciwa bangĕt
dene wong padesan iku yen gagaweyan adaya-daya, tur anggone mapanake
kurang prayoga. Panggonan kang pancen adhakan disawang ing liyan, dadi
cacad amarga didelehi rurupan kang anggĕlani. Dene kang pancen parlu
katon ing akeh, malah sok disingkur. Akeh wong cilik gawe lumbung kanggo
nyimpen pari, prayoga lumbung mau kaadĕgna ing kiwa utawa tĕngĕning
omah kapara ngarĕp, pakolehe karĕksa, tur kang nĕdya ala rada
pakewuh.Panggawene lumbung kang cekli, rapĕt, kukuh, lan rĕsik, adhĕpe
kang jĕjĕg, gapit-gapiting pagĕr lan gapit tutup keyong digaweya kang urut
lan kang rajin, lawanging lumbung dipĕngkuh. Kayu-kayu balunganing
lumbung apa dene ganjĕle kapasaha kang alus. Dene yen nganggo pring, iya
miliha pring kang lĕncĕng lan gĕdhe. Traping glodhog diracak gĕdhening
pring lan papan. Timbanganing lumbung iya iku: pakarangan sisih edi
adĕgana linggar utawa pondhokan dhayoh, gĕdhe-cilike diempĕrake karo
lumbunge. Sanajan patingpathĕthĕk, ora yen saru didĕlĕng. Nanging poma
tritikan lan longaning lumbung utawa pondhokan mau aja banjur didelehi
barang kang kurang pantĕs, kaya ta: blungkang, kayu, kurungan pitik,
pĕtarangan, ora patut lan ora atur. Aluwung dirĕsikana dadi bisa gilar-gilar,
bature mubĕng kaplisira watu kang lĕncĕng, jejeg, rata lan kukuh, (h.28) kaya
panggawene batur omah. Pinggiring payon dipapaka kang dhamis. Yen atĕp
iya kudu dikĕthoki, luwih prayoga manawa gĕndheng utawa seng, wis mĕsthi
bisa rata. Mungguh gĕdhogan utawa kandhang sapi, ora prayoga yen
didĕgake ing ngarĕpan, amarga talethonge angambon-amboni, uyuhe
marakake bacĕk, mulane ing saoleh-oleh dipasanga ing ngiringane omah,
sukur bisa kapara mamburi. Ing sadina-dina kandhang lan gĕdhogan mau
dirĕsiki, pambuwange talethong didohna saka kono. Apa dene banyu uyuh
utawa tus-tusaning sukĕt, kagawekna kalenan aja kongsi ngĕcĕmbong.
Manawa nganti jĕblog apa dene tlĕponge ora dibuwang adoh, ora
ngĕmungake angambon-amboni bae, ananging si kewan iya adhakan kana
lalarane. Gĕdhogan iku lumrahe nganggo tataban, kang digawe tataban mau
ruyung utawa blabag lan ĕpring, pamasange kang rata, kang santosa. Yen
sakira mĕntul, prayoga ing ngisor didelehi glogor kang mikuwati. Manawa ora
mangkono bisa uga jarane kĕjĕblos dadi lan bilaine. Balik kandhang wĕdhus,
sapi, utrawa kĕbo, ora parlu nganggo tataban, cukup ana ing lĕmah bae,
anggĕre tansah garing, samongsa diuyuhi lan diisingi, iya enggal disaponi
kang pandhĕs. Ing wayah bĕngi luwih bĕcik dibadhiyani, dadi adoh lĕmute.
Slaraking kandhang kapilihna kang kukuh, samongsa kewane wis
dikandhangake, aja nganti bisa mĕtu awit saka ringkihing slarak. Payone
dirapĕt, dumeh kanggo kewan bae rĕsik lan rapĕte ora dipikir, malah
tarkadhang meh arĕp rubuh, utawa payone rĕgĕd ora diparduli. Wĕkasan
kandhange jĕblog jalaran kabocoran, kewane dadi gĕring.
(h.29) Krasane omah-omah iku kang parlu dhewe yen cĕdhak banyu
rĕsik, ana pakiwan lan padusane, sukur manawa pakarangan kono oleh
banyu ilen, orane iya agaweya kakus. Mungguh dununge kakus aja adoh-
adoh saka padusan, mangkono ugabnpanggonane kudu kang kiwa, dadi
prayogane iya ana ing buri, ing bontosing pakarangan. Yen gawe kakus
dikapara jĕro, ora enggal kĕbak. Tatan kang ginawe nutupi luwangan kudu
milih kayu kang santosa lan awet, aja anjĕblosake wong kang panuju mrono.
Pagĕr lan payone kudu kang rapĕt, dene lawange aja madhĕp marang dalan,
kadelehna ing ngiringan utawa ing buri. Sabab kakus iku pancen panggonan
kang lagi kanggo misah utawa mĕnyang kiwa, mulane sok diarani pakiwan.
Sajroning pakiwan yen ana kasadhiyanana kuwali, blog, utawa jĕmbangan isi
banyu rĕsik sacidhuke pisan, nyawisi wong kang bubuwang. Sanajan bocah
cilik ora dadi apa malah bĕcik ditĕrake lan dijaga ĕnggone bubuwang ana ing
pakiwan, aja banjur dilantih bubuwang ing tritikan, ing latar utawa ing jogan.
Sabab manuh wiwit cilik mula, kongsi tuwa wĕgah gawe papan
pambuwangan, yen bubuwang mung ana kĕbon saburining omah,
patingtlecek ana ing ngĕndi-endi.
Padusan iku iya kudu rapĕt, banyu kang wis ora kanggo gawekna
kalenan urut nganti mĕtu sajabaning pakarangan. Sajroning padusan
kadokokana sampiran utawa canthelan sandhangan, apa maneh kadelehana
wadhah sabun. Lawangan kakus sarta padusan iku bĕcik didelehi kancing
saka ing jĕro, dadi manawa pinuju diĕnggo, aja kongsi ana wong liyane kang
bisa mlĕbu.
Aliya saka kang wus ditĕrangake ing dhuweur kene saprakara kang sok
ora pati diparlokake marang wong desa utawa wong ing (h.30)
pakampungan, iya iku oamilihaning panggonan kang arĕp digawe sumur.
Sanyatane sumur iku ora parlu ingatase padesan utawa kampung kang
dumunung sacĕdhaking sumbĕr utawa kali kang ajĕg mili banyune. Yen
mangkono kang wis lumrah diombe, dianggo adus utawa dianggo olah-olah,
iya banyu sumbĕr utawa banyu kali mau, ananging manawa omahe wong
mau adoh saka sumbĕr utawa kali, wong desa utawa wong kampung mau
kapĕksa gawe sumur. Mongka adate wong mau olehe gawe sumur iku
prasasat ora nganggo milih panggonane. Apa ora kĕrĕp bae wong desa iku
gawe sumur cakĕt lan pakiwan, pacĕren, pawuhan, kandhang kĕbo utawa
panggonaning rĕrĕgĕd liya-liyane. Mongka rĕrĕgĕding pakiwan, pacĕren,
kandhang kĕbo utawa pawuhan mau, sawise rumĕsĕp ing lĕmah sakiwa-
tĕngĕning sumur mau, banjur netes lumĕbu ing banyune sumur kang diombe
ing wong, nganti marakake lalara warna-warna.
Sok ana wong cĕlathu: lah wong banyune bĕning, rak ya bĕcik diombe.
Ananging wruhanamu: banyu iku sanadyana bĕcik kan bagus rupane, sok
ana isine kang ala utawa nglarani marang wong.
Mulane panggonane wong arĕp gawe sumur iku kudu milih kalawan titi,
aja cĕdhak-cĕdhak lan pakiwan utuwa pacĕren, lan panggonaning rĕrĕgĕd
liya-liyane, mqlah kusu ngadsoh saka panggonan kang mangkono iku.
Panjagane Omah Sawĕwĕngkone
Sawise duwe omah lan pakarangan, dipranata kalawan bĕcik, dirĕngga
ing sapatute, tandurane pĕpak, saiki kari ngrĕmbug lĕstarine lan panjagane.
Manut padatane wong padesan, luwih maneh wong kang sadinane tansah
buburu, mulihe pĕndhak sore, iku yen daduwe, mongka cacad utawa lagi
owah sathithik, panganggĕ (h.31) -pe ora dadi apa. Sadhengah kang rusake
durung sapiraa, ora gĕlĕm andandani, mangkono uga payon bocor, pagĕr
bubrah utawa bolong, lawang jĕbol, galar brĕnggang, lan liya-liyane, gĕlĕme
ambĕnakake sawise bubrah babar pisan. Amarga saka bubuden kaya
mangkono mau, matuh marang watĕk kĕsed lan weya, agawe pitunane
dhewe, saking sungkan rĕkasa sathithik, wĕkasan kapĕksa nglakoni rĕkasa
bangĕt. Lan sabab ĕmoh kelangan waragad kang mung sapele, dadi banjur
cucul waragad akeh. Kongsi saprene durung ana kang nyulang-nyulangake
prakara iku, mulane ing nalikane isih anyar omah lan pakarangane katon
wutuh lan rĕsik, ananging sangsaya lawas dadi rusak lan rĕgĕd. Omah-omah
akeh kang kongsi meh rubuh amarga dhoyong, lan akeh kang bosok
balungan lan pagĕre jalaran kĕna ing banyu, kang ngĕnggoni iya nekad bae,
ora pisan duwe watir karubuhan, wusana barĕng wis mutawatiri lan wis rusak
bangĕt, kang duwe banjur kĕpĕksa nganakake waragad, digawe andandani
omahe ora mung andandani malah nyalini saka kabeh, dadi aran gawe
maneh. Sarehning maune durung sadhiya wragad, panggawene mau kanthi
rĕkasa, balungan lan prabot liya-liyane mung anggĕr gatra, tiwas nunjang-
nunjang dadine saya ora prayoga. Ingatase omah kang parlu kanggo
awakdhewe , suprandene ora gĕlĕm mraduli yen durung bobrok, apa maneh
liya-liyane kang rupa kandhang gĕdhogan, lumbung, lan pakiwan gĕlĕma
mulasara, sangsaya rĕsiking pakarangan, lĕmuning tatanduran, rata lan
gasiking plataran, apa dene rapĕting dhadhah, wis mĕsmi ora kĕpikir babar
pisan, sadhengah kang maune bĕcik wis dadi ala, kang maune duwe dadi ora
duwe, tatanduran kang maune urip wĕkasan dadi mati kapiran. Samangsane
parlu arĕp ngang (h.32) -go, banjur nubras-nubras utawa luru-luru, waragade
utang-utang nĕkuk-nikĕli, tĕmah andadi sangsaraning uripe, saka kakehĕn
butuh. Yen wis kĕbanjur mangkono, atine sangsaya judhĕg amarga saka
kehing utang, nyambuta gawe iya kurang tumĕmĕn, mikira bab kabĕcikan iya
ora sampurna. Cĕpaking nĕpsune, saya suda pangane, ĕnteking nalar tuwuh
tekade ala, anglakoni panggawe kang kurang patut, utawa ngĕdol bale
pomahane, iku kĕdadeyan.
Amurih aja kaya mangkono, ing sadina-dinane katĕmtokna ana mongsa
kang pancen kanggo nitipriksa bale pomahan, apĕse sadina sapisan. sukur
yen bisa esyk lan sore. Mungguh rekane sulaya titi lan urut, kawiwitana
mubĕng saka ing dhadhah, turus kang mati ditanjangi, gapit kang thethel
dibĕnĕrake, banjur tĕkan palataran, apa kang ora bĕnĕr dibĕnĕrna tumuli,
kaya ta watu ing latar bokmanawa nyandhung iya kasingkirna, mwngkono
urut mubĕng sajroning pakarangan, nganti tĕkan pagĕr omah, saka utawa
cagak kang rada dhoyong dijĕjĕgna tumuli, batur rĕmpal iya ditambal,
manawa ana batur kang sakira mambĕg diilekna, ĕndi kang kurang prayoga
aja talompa lan aja diĕndhe-ĕndhe. Sarampunge iku, wiwit nitipriksas emper
tĕrus jĕroning omah. Pamriksane iya urut saka ngarĕp, kiwa tĕngĕn,
mĕntĕngah kongsi omah ing buri, boknanawa ana barang kang kalong, kang
owah ĕnggone, apa dene kang diĕnggo dulung dibalekake. Sarana reka
mangkono ora bakal kabanjur karusakan.
Ora liwat pamujiku wong padesaan padha nganggowa wawarah iki, sunar
pisan bisa muwuhi pĕthĕl lan sregĕpe. Aja kongsi dadi cacading liya mung
marga saka bodho lan kĕsede. Eling babasan: kĕsed lan bodho agawe
pituna, sing sapa kĕmlawe iya kĕmlamet.