kelas xi

6
YAYASAN BAITUL MUTTAQIN MADRASAH ALIYAH DAARUL ISTIQOMAH SONGGOM UJIAN KENAIKAN KELAS BAHASA JAWA KELAS XI I. Pilihen salah siji wangsulan kang kokanggep bener, kanthi nyorek (X) ana ing wangsulan kang kokanggep bener! 1. Nuwun, Dhumateng panjenenganipun Bapak Kepala SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang kula urmati. Bapak ibu guru miwah staf karyawan-karyawati SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang kula urmati. Boten katalumpen kadang-kadang kula siswa-siswi SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang winantu ing karaharjan. Minangka murwakani atur kula, mangga sami ngaturaken puji dalasan syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, awit saking rahmat lan hidayahipun kula lan panjenengan kaparingan wekdal ngrawuhi pengetan dinten Kartini, kanthi kawilujengan, kasarasan, miwah kabahagyan. Pratelan ing nginggil peranganipun tanggap wacana ingkang dipunwastani … a. purwaka basa d. salam pambuka b. surasa basa e. pambagya harja c. wasana basa 2. Ningali saking kawontenan ingkang kados mekaten, para wnita mliginipun remaja putri kedah cancut taliwanda tumut menggalihaken drajating wanita, sampun ngantos dipunanggep lelemeran. Wanita kedah nggadhahi kagunan ingkang nedhahaken bilih wanita inggih saged damel aruming bangsa. Gempilan sesorah ing nginggil saged kalebetaken dhateng perangan … a. purwaka basa d. salam pambuka b. surasa basa e. pambagya harja c. wasana basa 3. Bapak ibu lan tamu undhangan ingkang kula urmati, kula kinten cekap semanten atur kula, kirang prayogi menawi kula kathah-kathah matur wonten ngarsa panjenengan sedaya. Sakathahing atur, kula nglenggana kathah kekirangan, pramila sedaya kekirangan kala wau nyuwun pangapunten sakageng-agengipun. Nuwun. Perangane tanggap wacana ing ndhuwur kang diarani … a. purwaka basa d. salam pambuka b. surasa basa e. pambagya harja c. wasana basa 4. Wawancara kang ditindakake wartawan (nanging saka sawijining media) kanthi khusus karo interviewee, kang jumbuh karo prekara tinamtu ing papan kang wis karembug bebarengan antarane wartawan lan kang diwawancarai, diarani … a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling c. Wawancara Eksklusif 5. Wawancara kang ditindakake kanthi ora khusus, mung kepeneran wae, ora ana jan-janan luwih dhisik karo interviewee. Umpamane wawancara marang pejabat kang lagi lumaku tumuju ana ing montore arep bali, diarani … a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling c. Wawancara Eksklusif

Upload: kadoel

Post on 21-Jan-2016

1.637 views

Category:

Documents


4 download

TRANSCRIPT

Page 1: KELAS XI

YAYASAN BAITUL MUTTAQINMADRASAH ALIYAH DAARUL ISTIQOMAH SONGGOM

UJIAN KENAIKAN KELASBAHASA JAWA KELAS XI

I.     Pilihen salah siji wangsulan kang kokanggep bener, kanthi nyorek (X) ana ing wangsulan kang kokanggep bener!

1.     Nuwun,Dhumateng panjenenganipun Bapak Kepala SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang kula urmati. Bapak ibu guru miwah staf karyawan-karyawati SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang kula urmati. Boten katalumpen kadang-kadang kula siswa-siswi SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang winantu ing karaharjan.Minangka murwakani atur kula, mangga sami ngaturaken puji dalasan syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, awit saking rahmat lan hidayahipun kula lan panjenengan kaparingan wekdal ngrawuhi pengetan dinten Kartini, kanthi kawilujengan, kasarasan, miwah kabahagyan.Pratelan ing nginggil peranganipun tanggap wacana ingkang dipunwastani …a.       purwaka basa                                            d.  salam pambukab.       surasa basa                                   e.  pambagya harjac.        wasana basa

2.     Ningali saking kawontenan ingkang kados mekaten, para wnita mliginipun remaja putri kedah cancut taliwanda tumut menggalihaken drajating wanita, sampun ngantos dipunanggep lelemeran. Wanita kedah nggadhahi kagunan ingkang nedhahaken bilih wanita inggih saged damel aruming bangsa.Gempilan sesorah ing nginggil saged kalebetaken dhateng perangan …a.       purwaka basa                                           d.  salam pambukab.       surasa basa                                   e.  pambagya harjac.        wasana basa

3.     Bapak ibu lan tamu undhangan ingkang kula urmati, kula kinten cekap semanten atur kula, kirang prayogi menawi kula kathah-kathah matur wonten ngarsa panjenengan sedaya. Sakathahing atur, kula nglenggana kathah kekirangan, pramila sedaya kekirangan kala wau nyuwun pangapunten sakageng-agengipun. Nuwun.Perangane tanggap wacana ing ndhuwur kang diarani …a.       purwaka basa                                              d.  salam pambukab.       surasa basa                                   e.  pambagya harjac.        wasana basa

4.    Wawancara kang ditindakake wartawan (nanging saka sawijining media) kanthi khusus karo interviewee, kang jumbuh karo prekara tinamtu ing papan kang wis karembug bebarengan antarane wartawan lan kang diwawancarai, diarani …a.       Wawancara Berita                              d. Wawancara sambil lalub.       Wawancara Pribadi                            e. Wawancara klilingc.        Wawancara Eksklusif

5.    Wawancara kang ditindakake kanthi ora khusus, mung kepeneran wae, ora ana jan-janan luwih dhisik karo interviewee. Umpamane wawancara marang pejabat kang lagi lumaku tumuju ana ing montore arep bali, diarani …a.       Wawancara Berita                              d. Wawancara sambil lalub.       Wawancara Pribadi                            e. Wawancara klilingc.        Wawancara Eksklusif

6.    Wawancara kang ditindakake kanggo nggoleki katrangan, konfirmasi, utawa panemuinterviewee babagan sawijing masalah utawa prastawa, diarani …a.       Wawancara Berita                              d. Wawancara sambil lalub.       Wawancara Pribadi                            e. Wawancara klilingc.        Wawancara Eksklusif

7.    Wawancara kanggo nggoleki data gegandhengan karo dhiri pribadi lan panemuinterviewee. Pawarta kang diasilake awujud profil interviewee, ing antarane identitas diri, lelakon uripe, lan panemu-panemune kang ana kaitane karo prekara aktual utawa prekara kang cundhuk karo profesine, diarani …a.       Wawancara Berita                              d. Wawancara sambil lalub.       Wawancara Pribadi                            e. Wawancara klilingc.        Wawancara Eksklusif

8.    Wawancara kang ditindakake wartawan ngubungi sadhengah interviewee kang mapane pisah, kang antarane siji lan sijine ana gegandhengane karo pawarta kang bakale ditulis, diarani …a.       Wawancara Berita                              d. Wawancara sambil lalub.       Wawancara Pribadi                            e. Wawancara klilingc.        Wawancara Eksklusif

9.    Setitekna geguritan iki!

Page 2: KELAS XI

Lintang WengiDening : Wiwiek Panca Widyaningsih

Ludira kadya kandheg, kapireng kekidunganmu endah rinasaAgawe pangungun sadawane giliWasana …..Den semuGeneya …..?

Panjeriting lintang wengiDicelathu sajroning kalbuSmara jati kang kasiput mendhung…… miris ……… jebul datan anyandhakWos surasane geguritan ing dhuwur yaiku …a.       lintang kang njerit                               d. langit kang kebak mendhungb.       swasana kang peteng                         e. ora katon srengengec.        lintang kang abyor

10. Tegese tembung ludira ing ukara ludira kadya kandheg, kapireng kekidunganmu endah rinasa yaiku …a.       kringet                                            d. anginb.       getih                                                               e. genic.        sirah

11. Wos surasane paragraf kapisan yaiku ….a.       Rasa seneng                                                 d. rasa mirisb.       Rasa kangen                                                e. rasa tresnac.        Rasa kaget

12.  Wos surasane paragraf kapindho yaiku ….a.       Rasa seneng                                                 d. rasa mirisb.       Rasa kangen                                                e. rasa tresnac.        Rasa kaget

13.  Kang dadi tema geguritan ing dhuwur yaiku …a.       kluwarga                       d. pitutur kang becikb.       lingkungan                    e. panguripanc.        kabudayan

14.  Medharake utawa mahyakake utawa ngandharake utawa njlentrehake sabda utawa surasa utawa isi utawa kawigaten (amanat) marang wong liya yaiku diarani ….a.       Tanggap wacana                                                         d. wara-warab.       Kampanye                                                                    e. sayembarac.        Atur-atur

15.  Cengkorongan panulise tanggap wacana kang surasane sawijining amanat utawa pesen kang dijlentrehake dening pamaos tanggap wacana yaiku ….a.       Sesirah (judul)                                                              d. Surasane wedharanb.       Tema                                                                              e. Basac.        Subtema

16.  Cengkorongan panulise tanggap wacana kang surasane purwaka, bab-bab kang wigati karembug, undheraning rembug, kesimpulan, panemu pamedhar sabda, wasana rembugan kang bisa urut, imbang, gembleng, nalar, nyata, sarta migunani yaiku ….a.       Sesirah (judul)                                                              d. Surasane wedharanb.       Tema                                                                              e. Basac.        Subtema

17.  Dene wose medhar sabda kang surasane njumbuhake karo kahanan yaiku …a.       sapa kang medhar sabdab.       sepira bayaranec.        apa kang kawedhard.       kepiye swasananee.        kepiye tujuwane medhar sabda

18.  Dene perangane teks tanggap wacana kang isine mbagekake lan ngucapake syukur yaikua.       Pambukab.       Panutupc.        Salam panutupd.       Surasa basae.        Satata basa

19.  Paragraf ingkang titikanipun ukara baku mapan wonten perangan kawitan paragraf lan kawiwitan saking ukara ingkang asipat umum dhateng mligi inggih punika paragraf ………….a.       Deduktif                                        d. Intensifb.       Induktif                                         e. Ekspositorisc.        Deduktif-Induktif

Page 3: KELAS XI

20.  Sinta ing taun iki kapilih minangka siswa teladhan ing sekolahku. Dheweke bisa kapilih dadi siswa teladhan amarga pancen prestasine ajeg mundhak, disiplin, tertib, lan ora tau nglanggar aturan sekolah. Pratelan kasebut diarani paragraf …a.       Deduktif                                        d. Intensifb.       Induktif                                         e. Ekspositorisc.        Deduktif-Induktif

21.  Ora bisa dipercaya, ora bisa nyimpen wewadi, lan ora bisa diwenehi pangapura iku tumindake manungsa kang ora bener tumraping kekancan, apamaneh ing ngarsaning Gusti. Pratelan punika kalebet paragraf …a.       Deduktif                                        d. Intensifb.       Induktif                                         e. Ekspositorisc.        Deduktif-Induktif

22.  Pathokan panuise tembang macapat kang ngemot cacahe wanda (suku kata) saben sagatra yaiku ….a.       Guru wilangan                                              d. purwakanthi  b.       Guru lagu                                       e. dong-ding  c.        Guru gatra

23.  Pathokan panuise tembang macapat kang ngemot cacahe larik (baris) saben sapada yaiku ….Pratelan kasebut minangka sawijining tuladhane ….

a.       Guru wilangan                                              d. purwakanthi b.       Guru lagu                                      e. dong-ding c.        Guru gatra

24.  Ing ngisor iki diarani tembang macapat …Yen wong anom punikukakehan panggunggung dadi kumprungpengung bingung wekasane pan angolingyen digunggung muncu-muncukaya wudun meh mecothota.       Sinom                                                            d. Gambuh  b.       Dhandhaggula                                             e. Pangkur  c.        Megatruh  

25.  Ing ngisor iki diarani tembang macapat …mingkar-mingkuring angkaraakarana karênan mardi siwisinawung rêsmining kidungsinuba sinukartamrih krêtarta pakartining ngèlmu luhungkang tumrap nèng tanah Jawaagama agêming ajia.       Sinom                                                            d. Gambuh b.       Dhandhaggula                                             e. Pangkur c.        Megatruh

26.  Sesarengan serat kula punika kula ngaturi pirsa bilih kawontenan kula sakluwarga ing ngriki pinaringan kabagaswarasan lan kawilujengan. Pratelan kasebut kalebu perangane layang kang diarani …a.       Satata basa                                                  d. Titi mangsab.       Adangiyah                                                    e. Peprenahanc.        Purwaka

27.  Perangane layang kang nerangake kang ngirim layang diarani …a.       Satata basa                                                  d. Titi mangsab.       Adangiyah                                                    e. Peprenahanc.        Purwaka

28.  Iket menika nganggenipun wonten …. boten wonten … kados kalung mawon. yaiku …a.       jaja, mustaka                                               d. jangga, palarapanb.       mustaka, netra                                             e. rikma, asta  c.        palarapan, jangga

29.  Basa kang kanggo bocah-karo bocah utawa sapadha-padha yaiku ….a.       krama                                            d. Ngoko alusb.       Krama inggil                                 e. Krama andhapc.        Ngoko lugu

30.  Mas, menawi kondur mbakyu sampeyan betakaken menika nggih. Basa kang digunakake yaiku …a.       krama                                            d. Ngoko alusb.       Krama inggil                                 e. Krama andhapc.        Ngoko lugu

31.  Sasampunipun ngrahapi menapa ingkang sampun sumadya, kasuwun para tamu tumuju papan parepatan awit tata upacara badhe kalajengaken. Basa kang digunakake yaiku …a.       krama                                            d. Ngoko alusb.       Krama inggil                                 e. Krama andhapc.        Ngoko lugu

Page 4: KELAS XI

32.  Bapak saiki duwe pimpinan anyar, dene pimpinane iku biyen kancane saklas nalika ana ing SMA. Basa kang trep digunakake bapak marang pimpinane kuwi yaiku ….a.       krama                                            d. Ngoko alusb.       Krama inggil                                 e. Krama andhapc.        Ngoko lugu

33.  Pak dhokter mau dhawuh karo simbah, menawa bubar ngunjuk obat diaturi sare. Basa kang digunakake yaiku …a.       krama                                            d. Ngoko alusb.       Krama inggil                                 e. Krama andhapc.        Ngoko lugu

34.  Yen tindak daleme Pakdhe, aja lali welingane Bapak diaturke Pakdhe ya, Le! Basa kang digunakake yaiku …a.       krama                                            d. Ngoko alusb.       Krama inggil                                 e. Krama andhapc.        Ngoko lugu

35.  Nyuwun tulung sampeyan tumbasaken kabetahan kangge kegiyatan dangunipun tigang dinten. Basa kang digunakake yaiku ……a.       krama                                            d. Ngoko alusb.       Krama inggil                                 e. Krama andhapc.        Ngoko lugu

II.   Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi premati !

1.       Gawea tuladhane paragraf deduktif lan induktif? Nyiji wae!2.       Nitik saka guru wilangan lan guru lagune, ing ngisor iki pathokan kanggo nulis tembang :

a.       10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7ab.       8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8a, 8u

3.     Jlentrehna makna tembang macapat Pocung ing ngisor iki!Ngelmu iku, kalakone kanthi lakuLekase lawan kasTegese kas nyantosaniSetya budya pangekese dur angkara

4.     Kramakna!Dolanan uri-uri anjang-anjang widadari kapetung dolanan tradhisional sing wus cures. Dolanan iki mirip

dolanan pong-pong bolong lan gula ganthi. Ing jaman kawuri, dolanan iki kerep-kerepe diparagani bocah-bocah wadon, nanging bocah-bocah lanang uga akeh sing seneng dolanan iki. Dolanan uri-uri anjang-anjang widadari kairingan tetembangan. Hamula kuwi, dolanan tradhisional iki kaperang dolanan sing nggladhi ing babagan kawasisan ngracik ukara lan milih tembung. Dolanan iki uga nggladhi pasrawungan tumrap bocah-bocah.

5.     Tulisen nganggo aksara Jawa!pranyata obahe mangsa lan wektutetep ora bisa nyandhet obahe lakumupengkuhe tatanan lan kahanan ora kuwawangunjara blegere wujud lan awakmu