alkitab bahasa jawa -...

1514
Alkitab Bahasa Jawa Edisi Formal 1981 Mazmur s.d. Maleakhi

Upload: hoangdung

Post on 10-Aug-2019

430 views

Category:

Documents


0 download

TRANSCRIPT

  • AlkitabBahasa Jawa

    Edisi Formal 1981

    Mazmur s.d. Maleakhi

  • JABUR

    Jilid I: MASMUR 1--41

    Bab uripe wong mursidlan uripe wong duraka

    1:1-6

    11Rahayu wongkang lakune ora manut pangangen-angenewong duraka,

    lan ora ngambah dalane wong dosasarta ora awor lungguh ing pajagonganewong memoyok,

    2nanging kang karem marang angger-anggere Sang Yehuwah,

    lan digilut-gilut rina wengi.3Wong iku kaya wit kang tinandur ana ing

    sapinggiring kali,kang metokake woh ing kalamangsane,

    lan ora alum godhonge,apa bae kang ditandangi mesthi lestari.

    4Ora mangkono mungguh wong duraka,nanging prasasat mrambut kang kabur ingangin.

    5Mulane wong duraka iku ora tulus ana ingngarsane pangadilan,

    mangkono wong dosa ana ingpakumpulane para wong mursid;

  • JABUR 1.6–2.7 26amarga Sang Yehuwah mirsa lakune wong

    mursid,nanging lakune wong duraka iku ngenermarang karusakan.

    MASMUR 2

    Ratu kang jinebadandening Sang Yehuwah

    2:1-12

    21Geneya para bangsa padha mampang-

    mampang wringuten,lan para suku bangsa padha ngangen-angen kang tanpa guna?

    2Para raja ing bumi padha siyaga ing peranglan para panggedhe sakuthonarep ngayoni Sang Yehuwah lan SangJebadane, pangucape:

    3 “Payo padha medhot dhadhungelan mbuwang kendharate.”

    4Panjenengane kang lenggah ana ing swargaiku gumujeng,

    Sang Yehuwah moyoki wong-wong mau.5Nuli padha didhawuhi kalawan bendulan digirisake kalawan bramantyane:

    6 “Ingsun kang wus ngadegake ratuningSunana ing Sion, gunungingSun kang suci.”

    7Aku arep ngandhakake kekancingane SangYehuwah;

    pangandikane marang aku: “Sira ikuputraningSun!

    Ingsun kang mutrakake Sira ing dina iki.

  • JABUR 2.8–3.1 38Sira nyenyuwuna marang Ingsun,mesthi Sira Sunparingi para bangsa dadipusakanira,

    lan pungkasaning bumi dadi darbekira.9 Iku bakal Sira ejur kalawan gada wesi,bakal Sira remuk kaya grabahing kundhi.”

    10Mulane, he para raja, padha tumindakakang wicaksana;

    para hakim ing bumi, padha ngrungoknamarang pepeling!

    11Padha ngabektia marang Sang Yehuwahkanthi pakering;

    lan sungkemana sampeyane kanthigumeter,

    12 supaya Panjenengane aja paring deduka,temah kowe tumpes ana ing dedalan,

    amarga bebendune gampang bangetanggone mulad-mulad.

    Rahayu sakehing wong kang ngungsimarang Panjenengane!

    MASMUR 3

    Kidung ing wayah esuk ing sajroneadhep-adhepan karo mungsuh

    3:1-8 (3:1-9)

    31Masmur anggitane Sang Prabu Dawud,nalika keplajeng saka ing ngarsane kang

    putra Pangeran Absalom.(3-2) Dhuh Yehuwah, pinten-pinten satru

    kawula,kathah tiyang ingkang nglawan kawula;

  • JABUR 3.2–8 42 (3-3) kathah tiyang ingkang mungel tumrap

    kawula makaten:“Iku mesthi ora oleh pitulungan saka GustiAllah.” (Selah)

    3 (3-4) Nanging Paduka, dhuh Yehuwah,ingkang dados tetameng kawula,ingkang ngaling-alingi kawula,

    Paduka ingkang dados kaluhuran kawula,inggih ingkang ndengengekaken sirahkawula.

    4 (3-5) Kalawan sora anggonku nyebutmarang Sang Yehuwah,

    banjur diparingi wangsulan saka inggununge kang suci. (Selah)

    5 (3-6) Aku leyeh-leyeh banjur turu;aku tangi, amarga disantosakake deningSang Yehuwah.

    6 (3-7) Aku ora wedi marang bala leksan,kang arep ngepung aku.

    7 (3-8) Dhuh Yehuwah, kawula aturijumeneng mitulungi kawula, dhuh Allahkawula,

    amargi Paduka ingkang sampun nggepukuwanging sakathahipun mengsahkawula,

    saha tiyang duraka sami Padukarampalaken untunipun.

    8 (3-9) Pitulungan punika dhatengipun sakingSang Yehuwah,

    berkah Paduka rumentaha ing umatPaduka. (Selah)

  • JABUR 4.1–5 5

    MASMUR 4

    Donga ing wayah bengi

    4:1-8 (4:1-9)

    41Kanggo lurah pasindhen, binarungswaraning clempung.

    Masmur anggitane Sang Prabu Dawud.(4-2) Manawi kawula sesambat, mugi karsaa

    paring wangsulan,dhuh Allah ingkang ngleresaken kawula.

    Ing salebeting karupekan Paduka ingkangparing omber dhateng kawula,

    mugi karsaa paring sih-piwelas dhumatengkawula saha karsaa miyarsakakenpandonga kawula!

    2 (4-3) He para priya, nganti pira suwenekaluhuranku diwirangake,

    nganti pira lawase anggonmu padharumaket marang kang tanpa guna,

    sarta anggonmu mburu marangpagorohan? (Selah)

    3 (4-4) Padha sumurupa yen Sang Yehuwahwus milih kang dadi kekasihe;

    Sang Yehuwah karsaa midhangetakesamangsa aku nyenyuwun marangPanjenengane.

    4 (4-5) Nepsua nanging aja nganti gawedosa,

    mosika sajroning atimu ana ing paturon,nanging tetepa meneng. (Selah)

    5 (4-6) Padha nyaosna kurban kang bener,

  • JABUR 4.6–5.2 6

    sarta kumandela marang Sang Yehuwah.6 (4-7) Kathah tiyang ingkang sami

    mungel makaten: “Sapa kang bakalnyumurupake kang becik marang aku?”

    Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaamlethekaken cahyaning wadana Padukadhateng kawula sadaya.

    7 (4-8) Paduka sampun paring kabingahandhateng kawula,

    nglangkungi tiyang-tiyang samangsaangsal gandum tuwin anggur kathah.

    8 (4-9) Kanthi ayem-tentrem kawula badheleyeh-leyeh lajeng enggal tilem,

    amargi dhuh Yehuwah, namung Padukaingkang njalari kawula manggen kanthitentrem.

    MASMUR 5

    Donga ing wayah esuk

    5:1-12 (5:1-13)

    51Kanggo lurah pasindhen binarungswaraning suling.

    Masmur anggitane Sang Prabu Dawud.(5-2) Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa

    miyarsakaken unjuk kawula,saha karsaa midhangetaken pasambatkawula.

    2 (5-3) Dhuh Ratu kawula saha Allah kawula,Paduka mugi midhangetaken anggenkawula njerit nyuwun pitulungan,

  • JABUR 5.3–8 7

    amargi dhumateng Paduka anggen kawulandedonga.

    3 (5-4) Dhuh Yehuwah ing wanci enjingPaduka miyarsakaken swara kawula,

    ing wanci enjing kawula nyawisakenkurban wonten ing ngarsa Paduka,

    sarta kawula ngantos-antos.4 (5-5) Amargi Paduka punika Allah ingkang

    boten remen dhateng duraka,tiyang awon boten badhe manggen wontening ngarsa Paduka.

    5 (5-6) Tiyang gumunggung boten badhetahan wonten ing ngarsa Paduka,

    Paduka sengit dhateng sakathahing tiyangingkang nindakaken piawon.

    6 (5-7) Paduka numpes sakathahipun tiyangdora-cara,

    Yehuwah eneg mirsani tiyang ingkangngwutahaken rah saha lampah cidra.

    7 (5-8) Nanging kawula Paduka parengakensowan lumebet ing padaleman Paduka,

    amargi saking agenging sih palimirmaPaduka.

    Kawula Paduka parengaken tumungkul sujudmadhep dhateng ing padaleman Padukaingkang suci,

    kanthi pakering dhumateng Paduka.8 (5-9) Dhuh Yehuwah Paduka mugi karsaa

    nuntun kawula wonten ing kaadilanPaduka,

    awit saking panjejeping mengsah kawula;Paduka mugi ngradinaken margi Paduka

    wonten ing ngajeng kawula.

  • JABUR 5.9–6.1 89 (5-10) Amargi tembungipun tiyang-tiyang

    punika boten wonten ingkang temen,batosipun kebak piawon,

    gurungipun kadosdene kubur menga,ilatipun ngucapaken lelamisan.

    10 (5-11) Dhuh Allah, tiyang punikakajengipun sami nanggel kalepatanipun,

    kajengipun sami dhawah margi sakingrancanganipun piyambak,

    sami kabucala awit saking kathahingpanerakipun,

    amargi sami mbalela dhateng Paduka.11 (5-12) Nanging sakathahipun tiyang

    ingkang ngungsi dhumateng Paduka,badhe sami suka rena,

    sami surak-surak ing salaminipun margisami Paduka ayomi

    saha margi saking Paduka tiyang ingkangtresna dhumateng Paduka badhe samisumyak-sumyak.

    12 (5-13) Amargi Paduka ingkang mberkahitiyang mursid, dhuh Yehuwah,

    saha Paduka amping-ampingi kalayankanugrahan Paduka, kadosdenetetameng.

    MASMUR 6

    Pandonga sajrone ati ngolang-ngaling

    6:1-10 (6:1-11)

    61Kanggo lurah pasindhen binarung ingswaraning clempung.

  • JABUR 6.2–7 9

    Manut lagu: Kang kawolu. Masmur anggitaneSang Prabu Dawud.(6-2) Dhuh Yehuwah, kawula mugi sampun

    Paduka ukum kalayan bebendu Paduka,mugi sampun Paduka perdi kalayanbramantya Paduka.

    2 (6-3) Dhuh Yehuwah, kawula mugi Padukawelasi, awit kawula nglayung.

    Dhuh Yehuwah, kawula mugi Padukasarasaken,

    awit balung kawula sami gumeter,3 (6-4) lan nyawa kawula sanget kaget.Dene Paduka, dhuh Yehuwah, taksih sapinten

    dangunipun?4 (6-5) Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa

    wangsul,karsaa ngentas nyawa kawula,

    mugi karsaa ngluwari kawula awit sakingsih-kadarman Paduka.

    5 (6-6) Awit ing salebetipun pejah botenwonten tiyang ingkang ngenget-engetdhumateng Paduka,

    wonten ing teleng palimengan sinteningkang badhe memuji dhumatengPaduka?

    6 (6-7) Kawula sampun lesah margi sakingpangesah kawula,

    ing saben dalu patileman kawula kebesaning luh kawula,

    amben kawula kawula benani kalayan luhkawula.

    7 (6-8) Mripat kawula ngantos pendul margisaking sisah,

  • JABUR 6.8–7.2 10

    sarta lamur jalaran kathahing tiyangingkang ngrupeki manah kawula.

    8 (6-9) Heh wong kang padha gawe piala,sumingkira saka ing ngarepku,

    amarga Sang Yehuwah wus miyarsatangisku.

    9 (6-10) Sang Yehuwah wus mirengpanyuwunku,

    Sang Yehuwah nampeni pandongaku.10 (6-11) Sakehing satruku padha kawirangan

    sarta kaget banget,lan mundur sakal tuwin kawirangan kabeh.

    MASMUR 7

    Gusti Allah iku Hakim kang adil

    7:1-17 (7:1-18)

    71Kidung pasambat anggitane Sang PrabuDawud, kang dikidungake konjuk marang

    Sang Yehuwah, marga saka tembunge Kusy,wong Benyamin.(7-2) Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, Paduka

    ingkang kawula suwuni pangayoman,mugi karsaa ngluwari kawula sakingsakathahipun tiyang ingkang ngoyak-oyak kawula, kawula mugi Padukaluwari,

    2 (7-3) supados sampun ngantos nubrukkawula kadosdene singa,

    sarta nyered kawula, saha boten wonteningkang nguwalaken.

  • JABUR 7.3–8 113 (7-4) Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, manawi

    kawula tumindak makaten:manawi tangan kawula nindakakenkaculikan,

    4 (7-5) manawi kawula damel piawondhateng tiyang ingkang tepangipun saekaliyan kawula,

    utawi mitunani tiyang ingkang nyatrukawula tanpa sabab,

    5 (7-6) manawi makaten, mugi kawulakabujenga ing mengsah ngantoskacepeng,

    lajeng gesang kawula dipun idak-idaka ingsiti,

    saha kaluhuran kawula kapendhema inglebu. (Selah)

    6 (7-7) Dhuh Yehuwah, mugi karsaajumeneng ing salebeting bebenduPaduka,

    mugi karsaa jumeneng nadhahi pangigit-igitipun tiyang ingkang sami nglawandhateng kawula,

    mugi Paduka wungu mitulungi kawulaamargi Paduka ingkang mrentahakenpangadilan.

    7 (7-8) Dene para bangsa kajengipun saminglempak ngupengi Paduka,

    Paduka lajeng karsaa lenggah ingsanginggilipun ing papan ingkang inggil.

    8 (7-9) Sang Yehuwah ngadili para bangsa.Dhuh Yehuwah, mugi Paduka karsaangadili kawula,

  • JABUR 7.9–17 12

    punapa kawula leres, saha punapa kawulatulus eklas.

    9 (7-10) Mugi-mugi piawoning tiyang durakasageda mantun,

    nanging tiyang mursid mugi Padukasantosakaken,

    Paduka ingkang ndadar manah saha batosingtiyang,

    dhuh Allah ingkang adil.10 (7-11) Gusti Allah iku tetamengku,kang mitulungi wong kang burus ing ati.

    11 (7-12) Gusti Allah iku Hakim kang adil,tuwin Allah kang tansah nglairakebebendune.

    12 (7-13) Manawa wong ora mratobat,Gusti Allah bakal ngasah pedhange,menthang gandhewane, lan kaenerake.

    13 (7-14) Gegaman ampuh kacawisakekanggo wong mau,

    jemparinge diurubake.14 (7-15) Lah wong iku ngandhut pialalan ngandheg bilai nuli nglairake cidra;

    15 (7-16) nuli gawe luwangan, didhudhuk,nanging kecemplung dhewe ing luwangangaweane mau.

    16 (7-17) Piala kang ditindakake mau mbaliknempuh endhase dhewe,

    sarta panganiayane nibani pathake dhewe.17 (7-18) Aku arep ngunjukake panuwun

    marang Sang Yehuwah amarga sakakaadilane,

    sarta ngidungake masmur kagem asmaneSang Yehuwah, Kang Mahaluhur.

  • JABUR 8.1–5 13

    MASMUR 8

    Manungsa kang asor dadi titah kang luhur

    8:1-9 (8:1-10)

    81Kanggo lelurahing pasindhen. Manutlagu: Gitit. Masmur anggitane Sang Prabu

    Dawud.(8-2) Dhuh Yehuwah, Gusti kawula,iba mulyanipun asma Paduka wonten ingsalumahing bumi,

    kamulyan Paduka ingkang ngungkuli langitkakidungaken.

    2 (8-3) Sarana cangkemipun bayi-bayi lanmanungsa.

    Paduka sampun nalesi kakiyatan margisaking lawanan Paduka,

    supados mbungkem mengsah tuwin tiyangingkang watek remen males piawon.

    3 (8-4) Manawi kawula ningali langitpakaryanipun asta Paduka,

    punapa dene rembulan saha lintang-lintang ingkang sampun Padukatata,

    4 (8-5) manungsa punika punapa ta, denePaduka engeti?

    Punapa ta anaking manungsa punika, denePaduka galih?

    5 (8-6) Ewadene Paduka dadosaken langkungandhap sakedhik katimbang

    kaliyan titah ing swarga,

  • JABUR 8.6–9.2 14

    sarta Paduka makuthani kalayan kaluhuransaha kamulyan.

    6 (8-7) Paduka kuwaosaken mengkuyeyasaning asta Paduka,

    samukawis sadaya Paduka paringakenwonten ing sangandhapingtlapakanipun:

    7 (8-8) sakathahipun menda tuwin lembu,ugi sato-kewan ing ara-ara,

    8 (8-9) peksi ing awang-awang saha ulam ingsaganten,

    saha samukawis ingkang langkung ingmargining saganten.

    9 (8-10) Dhuh Yehuwah, Gusti kawula,iba mulyanipun asma Paduka wonten ingsalumahing bumi.

    MASMUR 9

    Gusti Allah ikupangayomaning wong saleh

    9:1--10:18

    91Kanggo lurah pasindhen. Manut lagu:Mut-Laben. Masmur anggitane Sang Prabu

    Dawud.(9-2) Kawula badhe ngunjukaken panuwun

    dhumateng Sang Yehuwah kalayangumolonging manah,

    kawula badhe nyariyosaken sakathahingkaelokan Paduka.

    2 (9-3) Kawula badhe bingah-bingah sartaasumyak-sumyak awit saking Paduka,

  • JABUR 9.3–9 15

    Asma Paduka kawula puji klayan masmur,dhuh Gusti,

    Sang Mahaluhur,3 (9-4) awit mengsah kawula sami mundur,rebah lajeng sirna wonten ing ngarsaPaduka.

    4 (9-5) Amargi Paduka ingkang mbelaniprakawis kawula lan wewenang kawula,

    temah kawula angsal kaleresan,Paduka lenggah ing dhampar jumeneng

    Hakim ingkang adil.5 (9-6) Para bangsa sami Paduka ancam,para tiyang duraka Paduka tumpes;

    namanipun Paduka sirnakaken langgeng ingsalaminipun.

    6 (9-7) Mengsah sampun sami tumpes tapis,dados gempuran ngundhuk-undhuk ingsalaminipun,

    kithanipun sampun sami Paduka gempuri,sampun boten dipun engeti malih babarpisan.

    7 (9-8) Nanging Sang Yehuwah wus lenggahing dhampar salawase,

    dhampare kang kaadegake iku kanggonindakake pangadilan.

    8 (9-9) Iya Panjenengane iku kang ngukumijagad kalawan adil,

    sarta ngadili para bangsa kalawan patitis.9 (9-10) Iya mangkono iku anggone Sang

    Yehuwah dadi pangauban tumrap wongkang katindhes,

    dadi pangauban ing wektu karubedan.

  • JABUR 9.10–15 1610 (9-11) Tiyang ingkang wanuh kaliyan asma

    Paduka, punika sami kumandel dhatengPaduka,

    amargi Paduka, boten nate negakakentiyang ingkang ngupadosi Paduka, dhuhYehuwah.

    11 (9-12) Padha ngidungna masmur kagemSang Yehuwah, kang akedhaton ingSion.

    Padha nyaritakna pandamele ana ingtengahing para bangsa.

    12 (9-13) Dene Panjenengane kang malesmarang wong kang ngwutahake getih,enget marang wong kang katindhes,

    ora kesupen marang pasambate.13 (9-14) Dhuh Yehuwah, kawula mugi

    Paduka welasi,mugi nupiksani kasrakatan kawula margisaking pandamelipun para tiyangingkang sengit dhateng kawula;

    Paduka ingkang ngentasaken kawula sakinggapuraning pejah,

    14 (9-15) supados kawula saged nyariyosakensadaya pakaryan Paduka, ingkang wajibpinuji punika,

    sarta wonten ing gapuraning putri ingSion, kawula asurak-surak,

    awit saking pangluwaran ingkang Padukaparingaken.

    15 (9-16) Bangsa-bangsa wus padhakecemplung ing luwangan gaweanedhewe,

  • JABUR 9.16–10.2 17

    sikile padha kena ing jiret, pasanganedhewe.

    16 (9-17) Sang Yehuwah wus nglairakesarirane, Panjenengane nindakakepangadilan;

    wong duraka kejiret ing pasangane dhewe.Higayon. (Selah)

    17 (9-18) Para wong duraka bakal padha balimenyang ing teleng palimengan,

    malah uga sakehing bangsa kang padhalali marang Gusti Allah.

    18 (9-19) Awitdene wong mlarat iku oradilalekake ing sateruse,

    wong kang kesrakat ora kelanganpangarep-arep ing salawase.

    19 (9-20) Dhuh Yehuwah, mugi karsaajumeneng, manungsa sampun ngantosangsal kaunggulan,

    para bangsa sami kadhawahanapangadilan wonten ing ngarsa Paduka.

    20 (9-21) Dhuh Yehuwah, mugi sami Padukadamel geter,

    satemah para bangsa sami ngakeni,bilih namung manungsa kemawonkawontenanipun. (Selah)

    101Dhuh Yehuwah, punapaa dene Padukajumeneng wonten ing katebihan,

    sarta umpetan ing wekdal karupekan?2Amargi gumunggungipun tiyang duraka

    sanget-sanget anggenipun mbebujengpara tiyang ingkang katindhes.

  • JABUR 10.3–9 18

    Mugi-mugi tiyang duraka punika ketamanaing kekajenganipun awon ingkangkarantam.

    3Awit tiyang duraka punika ngegung-egungaken pepenginaning manahipun,

    lan tiyang kethaha punika nyupatani lanngawon-awon Sang Yehuwah.

    4Tiyang duraka wicanten kaliyan nyungirakenirungipun:

    “Gusti Allah rak ora bakal nuntut!”sadaya gagasanipun mungel: “Ora anaAllah.”

    5Salampah-lampahipun tansah kasil,pangadilan Paduka kinggilen tumrappiyambakipun;

    sadaya ingkang nglawan dipun remehaken.6Manahipun mosik makaten: “Aku ora bakal

    gograg,aku ora bakal tinempuh ing bilai ngantiturun-tumurun.”

    7Cangkemipun kebak ipat-ipat lan cidra sartapanyikara,

    ilatipun isi piawon lan panyiksa.8Tiyang wau ngindhik-indhik wonten ing

    gubug-gubug,wonten ing pandhelikan mejahi tiyangingkang boten lepat,

    mripatipun ngindhik tiyang ingkang apes.9Wonten ing pangumpetan ngulat-ulataken,kados singa wonten ing gegrumbulan;

    ngindhik-indhik sumedya nubruk tiyangingkang kesrakat,

    kagered dhateng ing jaringipun.

  • JABUR 10.10–16 1910Mendhak, ndhekem,para tiyang ringkih lajeng sami dhumawahing cengkeremaning kukunipun ingkangkiyat.

    11Tiyang wau mosik ing salebetingmanahipun: “Gusti Allah kalepyan,

    wedanane ditutupi, mesthi bakal ora pirsaing sateruse.”

    12Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaajumeneng. Dhuh Allah mugi karsaamulungaken asta Paduka,

    sampun ngantos kesupen dhateng tiyangingkang kesrakat.

    13Punapaa dene tiyang duraka nyenyamahGusti Allah,

    kaliyan mosik ing salebeting manahipun:“Gusti Allah rak ora nuntut.”

    14Paduka pancen mirsa, awit Padukanguningani kasisahan tuwin sakitingmanah,

    Paduka pundhut wonten ing asta Padukapiyambak,

    tiyang apes sumendhe ing Paduka,Paduka punika ingkang mitulungi lare lola.15Tanganipun tiyang duraka saha tiyang

    awon mugi Paduka tugel,durakanipun mugi Paduka cuthati, ngantosPaduka boten manggih malih.

    16Sang Yehuwah jumeneng Raja ing sateruselan ing salawase.

    Bangsa-bangsa padha sirna saka ing tanahkagungane.

  • JABUR 10.17–11.4 2017Dhuh Yehuwah, pepenginanipun para

    tiyang ingkang katindhes sampunPaduka pirengaken.

    Manahipun Paduka santosakaken, talinganPaduka tumiling,

    18prelu paring kaleresan dhateng lare lolasaha tiyang ingkang katindhes,

    supados sampun ngantos wontenmanungsa ing bumi malih ingkangdamel giris.

    MASMUR 11

    Sang Yehuwah iku jumenengdadi pangayoman

    11:1-7

    111Kanggo lurah pasindhen. AnggitanePrabu Dawud.

    Aku ngayom marang Sang Yehuwah,kepriye dene kowe padha wani kandhamarang aku:

    “Mabura menyang gunung kaya manuk!”2Awit delengen, wong duraka padha

    menthang gandhewa,panahe dietrapake ing sendheng,sumedya dilepasake marang wong kangburus atine ana ing panggonan kangpeteng.

    3Samangsa tetalese padha dibubrahi,wong mursid iku bisa nindakake apa?

    4Sang Yehuwah ana ing padalemane kangsuci;

  • JABUR 11.5–12.2 21

    Sang Yehuwah dhampare ana ing swarga;tingale maspadakake,kedheping tingale niti-priksa anakingmanungsa.

    5Sang Yehuwah ndadar wong mursid lanwong duraka,

    lan gething marang wong duraka, kangseneng tumindak keras.

    6Wong duraka padha diudani arengmengangah lan welirang;

    angin kang nggesengake ngebaki tuwunge.7Amarga Sang Yehuwah iku adil;remen marang kaadilan:wong kang burus atine bakal nyawangwedanane.

    MASMUR 12

    Pandonga nyuwun pitulunganmarga saka anane wong culika

    12:1-9

    121Kanggo lurah pasindhen. Manut lagu:Kang kawolu. Masmur anggitane Prabu

    Dawud.(12-2) Dhuh Yehuwah mugi karsaa paring

    pitulungan, awit sampun boten wontentiyang mursid,

    tiyang setya sampun sirna saking ingantawisipun anaking manungsa.

    2 (12-3) Rambagipun sami apus-ingapusan,wicantenipun mawi lambe lamis, mawimanah rangkep.

  • JABUR 12.3–8 223 (12-4) Muga-muga Pangeran numpes

    sakehing lambe lamislan ilat kang umuk-umukan,

    4 (12-5) yaiku kang padha ngucap mangkene:“Kalawan ilatku aku padha menang!

    Lambeku kang mbiyantu aku! Sapa kangmrentah aku?”

    5 (12-6) Jalaran wong kang ringkih padhakatindhes,

    lan marga saka pangrintihe para wongmlarat

    Ingsun saiki uga jumeneng, mangkonopangandikane Sang Yehuwah,

    sarta mitulungi wong kang banget anggonengantu-antu marang pitulungan.

    6 (12-7) Pangandikane Sang Yehuwah ikuSabda kang murni,

    kayadene selaka kang binesot,rinesikan ambal ping pitu ana ing kowi ingbumi.

    7 (12-8) Dhuh Yehuwah, Paduka badhenetepi,

    kawula tansah badhe Paduka ayomi,Paduka uwalaken saking jinis punika.

    8 (12-9) Para wong duraka padhaklambrangan mrana-mrana,

    samangsa budi kang nistha jumedhul ingsatengahing anaking manungsa.

  • JABUR 13.1–5 23

    MASMUR 13

    Pandonga bab pracaya

    13:1-6

    131Kanggo lurah pasindhen. Masmuranggitane Prabu Dawud.

    2Dhuh Yehuwah, ngantos pinten dangunipunmalih anggen Paduka boten ngengetikawula?

    Ngantos pinten dangunipun malih anggenPaduka nutupi wedana Paduka dhatengkawula?

    3Ngantos dumugi benjing punapa anggenkawula kedah ngraosaken kwatos,

    sarta anggenipun manah kawula sedhihing sadinten-dinten?

    ngantos benjing punapa satru kawulaanggenipun ngungkuli kawula?

    4Dhuh Yehuwah Allah kawula, Paduka mugikarsaa mirsani,

    karsaa paring wangsulan dhumateng kawula;mripat kawula kapadhangna supadoskawula sampun ngantos katilemanlajeng pejah;

    5 tuwin supados satru kawula sampunngantos wicanten makaten:

    “Wus daksorake,”punapa malih mengsah kawula sampunngantos surak-surak, manawi kawulakeguh.

  • JABUR 13.6–14.4 246Nanging kawula kumandel dhumateng

    sih-kadarman Paduka,manah kawula abingah-bingah margisaking pitulungan Paduka.

    Aku arep kekidungan kagem SangYehuwah, amarga wus paring kasaenanmarang aku.

    MASMUR 14

    Kapunggungane manungsa

    14:1-7

    141Kanggo lurah pasindhen. AnggitanePrabu Dawud.

    Wong punggung mosik ing sajroning atine:“Ora ana Allah.”

    Apa kang dilakoni iku jember lan nistha,ora ana kang nglakoni kabecikan.

    2Saka ing swarga Sang Yehuwah mirsanimangisor

    marang para anaking manungsa,karsa nguningani apa ana kang kadunungan

    akal budilan ngupaya Gusti Allah.

    3Wus padha nyimpang kabeh, kabeh wusbejad

    ora ana kang gawe becik, sijia bae oraana.

    4Apa ora rumangsa kabeh wong kang padhanglakoni piala,

    kang padha mangsa umatingSun ngantientek kayadene mangan roti bae,

  • JABUR 14.5–15.2 25

    lan kang ora nyebut marang SangYehuwah?

    5Ana ing kana padha ketaman ing pagiriskang banget,

    amarga Gusti Allah ana ing satengahegolongane wong mursid.

    6Kowe padha bisa ngerang-erang kekarepanewong kang katindhes,

    nanging Sang Yehuwah jumeneng dadipangayomane.

    7Muga-muga karahayoning Israel laira sakaing Sion!

    Samangsa Sang Yehuwah mulihakekaanane umate,

    Yakub bakal asurak-surak, Israel bakalsuka rena.

    MASMUR 15

    Sapa kang diparengake sowan maranging ngarsane Sang Yehuwah?

    15:1-5

    151Masmur anggitane Prabu Dawud.Dhuh Yehuwah, sinten ingkangkepareng mondhok wonten ing tarubPaduka?

    Sinten ingkang kelilan manggen wontening redi Paduka ingkang suci?

    2Yaiku wong kang lakune tanpa cacadlan nindakake apa kang adil,apadene ngucapake kabeneran kanthigumolonging atine,

  • JABUR 15.3–16.3 263kang ora nyebar pitenah kalawan ilate,sarta ora nindakake piala marang kancane,lan ora memada marang pepadhane;

    4kang nganggep asor marang kang ambeknistha,

    nanging ngajeni wong kang padha wediasih marang Sang Yehuwah;

    kang ngantepi supatane, sanadyankapitunan;

    5kang ora nganakake dhuwitelan ora nampani besel nglawan wong kangora lupuh.

    sapa kang tumindake kang mangkono mesthiora keguh ing salawas-lawase.

    MASMUR 16

    Rahayu wong kang mursid

    16:1-11

    161Miktam. Anggitane Prabu Dawud.Dhuh Allah, Paduka mugi karsaarumeksa dhumateng kawula,

    amargi kawula ngayom dhumatengPaduka.

    2Unjukku marang Sang Yehuwah mangkene:“Paduka punika Gusti kawula,

    tumrap kawula boten wonten ingkang saekajawi Paduka.”

    3Para suci ingkang wonten ing tanah ngriki,punika sami tiyang mulya ingkang tansahdados kabingahan kawula.

  • JABUR 16.4–10 274Tiyang ingkang nyembah allah sanesipun

    punika kasisahanipun sangsaya mindhakageng;

    kurbanipun sok-sokan rah kawula botentumut nyaosaken;

    namanipun ugi boten kula ucapaken inglambe kawula.

    5Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang dadospanduman warisan saha tuwung kawula.

    Paduka piyambak ingkang murugakenpanduman ingkang kaundhekakendhateng kawula saged lestantun.

    6Dhawahipun tangsul pangukur ingkangkangge kawula wonten ing papaningkang nengsemaken;

    siti pusaka kawula ngresepaken manahkawula.

    7Aku ngalembana marang Sang Yehuwah,kang paring pitedah marang aku;

    malah ing wayah bengi aku digegulangdening telenging batinku.

    8Aku tansah madhep marang Sang Yehuwah,manawa Panjenengane jumeneng ana ingtengenku,

    aku mesthi ora nganti keguh.9Mulane atiku bungah-bungah lan nyawaku

    asurak-surak,malah dagingku bakal manggon kalawantentrem.

    10Amargi Paduka boten masrahaken kawuladhateng ing teleng palimengan;

    Paduka boten marengaken manawi kekasihPaduka ngantosa sumerep kluwat.

  • JABUR 16.11–17.3 2811Paduka ingkang nedahaken margining

    gesang dhateng kawula;kabingahan pinanggih luber wonten ingngarsa Paduka;

    ing asta Paduka ingkang tengen wontenkanikmatan ingkang langgeng.

    MASMUR 17

    Tanpa kaluputan kaoyak-oyak

    17:1-15

    171Pandongane Prabu Dawud.Dhuh Yehuwah, mugi karsaamiyarsakaken dhateng prakawis ingkangleres,

    mugi karsaa nggatosaken ing pasambatkawula;

    sarta mugi karsaa nilingaken dhateng ingpandonga kawula,

    saking ing lambe ingkang boten dora.2Mugi kawula angsala kaadilan saking

    Paduka:paningal Paduka mugi nguningani punapaingkang leres.

    3Manawi Paduka nguji dhateng manahkawula,

    niti kawula ing wanci dalu,saha mriksa kawulaPaduka boten badhe manggih punapa-punapa ingkang awon,

    ing cangkem kawula boten wontenpanerak.

  • JABUR 17.4–10 294Menggah pandamelanipun tiyang,manut sabda ingkang Padukapangandikakaken,

    kawula boten tumut-tumut kaliyantindakipun tiyang ingkang sami ambekroda-peksa;

    5 lampah kawula tetep ndherek ing tindakPaduka

    saha suku kawula boten sleyoran.6Kawula nyebut dhumateng Paduka, amargi

    Paduka paring wangsulan dhumatengkawula, dhuh Allah;

    mugi Paduka karsaa nanggapaken talinganPaduka dhateng kawula mugi karsaamiyarsakaken atur kawula.

    7Mugi Paduka karsaa ngatingalakensih-rahmat Paduka ingkang elok,

    Paduka ingkang ngluwari tiyang ingkangsami ngungsi dhateng ing pangaubaningasta Paduka ingkang tengen

    margi saking wontenipun para ingkangsami mbalela.

    8Mugi kawula Paduka reksa kados manikingmripat,

    sarta Paduka dhelikaken wonten ingayoming swiwi Paduka:

    9margi wonten tiyang duraka ingkang samingangkah dhateng karisakan kawula,

    inggih satru bebuyutan ingkang samingepang kawula.

    10Tiyang wau sami boten ngatingalakensih-kawelasan,

    sami ngumbar kumalungkungipun;

  • JABUR 17.11–15 3011 sami ngetutaken ing lampah-lampah

    kawula, sapunika sami ngrubungkawula,

    mripatipun ngangkah badhe ngeplekakenkawula ing bumi.

    12Rupinipun kados singa ingkang badhendekep,

    kados singa nem ingkang ndhekem wontening pandhelikan.

    13Dhuh Yehuwah mugi karsaa jumeneng,karsaa methukaken tiyang-tiyang wausaha Paduka rebahaken,

    Paduka mugi karsaa ngluwari kawulasaking tiyang duraka klayan pedhangPaduka.

    14Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaangluwari kawula kalayan asta Paduka,

    saking tiyang-tiyang kadonyan punikaingkang pandumanipun wonten inggesang samangke,

    padharanipun katuwukana ing simpenanPaduka,

    satemah anakipun sami tuwuk,sarta tirahanipun katilarna dhateng ingbayi-bayinipun.

    15Nanging kawula, badhe nyawang wadanaPaduka wonten ing salebeting kaleresan;

    tuwin ing satangi kawula, kawula badhekatuwukan ing pasuryan Paduka.

  • JABUR 18.1–5 31

    MASMUR 18

    Kidung pamuji sokuranggitane Prabu Dawud

    18:1-50 (18:1-51)

    181Kanggo lurah pasindhen. Masmuranggitane abdine Sang Yehuwah, yaitu

    Prabu Dawud kang ngunjukake wirasanekidung iki marang Sang Yehuwah, nalika wuskaluwaran dening Sang Yehuwah saka ingcengkeremaning sakehing mungsuhe lan sakaing astane Sang Prabu Saul.(18-2) Unjuke mangkene:“Kawula tresna dhumateng Paduka,dhuh Yehuwah ingkang dados karosankawula!

    2 (18-3) Dhuh Yehuwah, peparang kawula,beteng kawula saha ingkang ngluwarikawula,

    Allah kawula ingkang dados peparangpangauban kawula,

    tetameng kawula, singating karahayonkawula, kitha beteng kawula!

    3 (18-4) Pinujia Pangeran Yehuwah:mangkono unjukku kalawan sora;

    temah aku diuwalake saka ing mungsuhku.4 (18-5) Aku tinalikung ing tetalining pati,sarta tinempuh ing banjiring karusakan.

    5 (18-6) Aku digubed ing jireting telengpalimengan,

    kalajireting pati ngadhang-adhangi aku.

  • JABUR 18.6–12 326 (18-7) Sajroning karubedanku aku nyebut

    marang Sang Yehuwah;sarta sesambat marang Allahku nyuwuntulung.

    Panjenengane tumuli miyarsakake swarakusaka ing kedhatone,

    sarta pasambatku nyuwun tulung tumekaing talingane.

    7 (18-8) Ing kono bumi banjur horeggonjang-ganjing,

    sarta dhasar-dhasaring gunung padhahoreg lan gumeter,

    amarga saka mulad-mulading bebendune.8 (18-9) Kukus kumelun saka ing granane,saka ing tutuke medal geni kangmemangsa,

    mawa mengangah metu saka ingPanjenengane.

    9 (18-10) Langit ditiyungake, nuli tumedhak,mendhung nggameng ana ing sangisoringsampeyane.

    10 (18-11) Panjenengane nitih Kerub, banjurmabur

    lan nglayang ana ing swiwining angin.11 (18-12) Pepeteng ing sakubenge

    kadadekake pasingidane,kang dadi tarube:yaiku udah kang peteng lan mendhungkang kandel.

    12 (18-13) Marga saka cahya kang sumunaring ngarsane mendhunge padha ilang

    bareng karo udan es lan mawamengangah.

  • JABUR 18.13–20 3313 (18-14) Sang Yehuwah banjur gumludhug

    ana ing langit,Kang Mahaluhur ngulukake swarane.

    14 (18-15) Jemparing-jemparinge dilepasaketemah mungsuhe padha buyar,

    nlorongake bledheg, satrune padhabingung.

    15 (18-16) Dhasar-dhasaripun segantenlajeng sami katingal,

    saha tetalesing jagad sami kaungkabanamargi saking bebendu Paduka, dhuh

    Yehuwah,saha margi saking bantering abab sakinggrana Paduka.

    16 (18-17) Panjenengane tumuli mulungastane saka ing ngaluhur,

    aku banjur diasta,lan kaentasake saka ing banjir.

    17 (18-18) Aku kauwalake sakaingmungsuhku kang rosa

    lan saka ing wong-wong kang padha sengitmarang aku,

    amarga iku kakuwatane ngungkuli aku.18 (18-19) Iku wus padha nyegat aku ing

    nalikane aku lagi kacilakan,nanging Sang Yehuwah dadi pikukuhku;

    19 (18-20) Panjenengane nuntun aku metumenyang ing papan kang omber,

    aku diluwari amarga karenan marang aku.20 (18-21) Sang Yehuwah males aku miturut

    ing kabeneranku,ngganjar aku miturut karesikaningtanganku,

  • JABUR 18.21–29 3421 (18-22) amarga aku ngantepi anggonku

    ngambah ing margining Sang Yehuwah,lan aku ora tumindak duraka marangAllahku.

    22 (18-23) Awit aku nggatekake sakehingangger-anggere

    lan pranatane ora daklirwakake,23 (18-24) saparipolahku tanpa cacad ana ing

    ngarsane,lan aku tansah ngedohi kaluputan.

    24 (18-25) Mulane aku diwales Sang Yehuwahmiturut kabeneranku,

    iya miturut ing resiking tanganku ana ingngarsane paningale.

    25 (18-26) Tumrap tiyang ingkang setyaPaduka ugi tumindak setya,

    tumrap tiyang ingkang tanpa cacad Padukaugi tumindak tanpa cacad.

    26 (18-27) Tumrap tiyang ingkang suci,Paduka inggih tumindak suci,

    nanging tumraping tiyang para-cidraPaduka inggih tumindak mbulat-mbulet.

    27 (18-28) Amargi bangsa ingkang katindhesPaduka pitulungi,

    nanging mripat ingkang kumingsun Padukasoraken.

    28 (18-29) Jer Paduka ingkang damelmurubing dilah kawula;

    Sang Yehuwah Allah kawula ingkangmadhangaken pepeteng kawula.

    29 (18-30) Amargi kaliyan Paduka kawulawantun nanggulangi grombolan,

  • JABUR 18.30–37 35

    kaliyan Allah kawula, kawula wantunnglumpati balowarti.

    30 (18-31) Anadene Gusti Allah iku marginesampurna;

    kasagahane Sang Yehuwah iku murni;Gusti Allah dadi tetameng tumrap sakehing

    wongkang ngayom marang Panjenengane.

    31 (18-32) Amarga sapa ta kang jumenengAllah aliya Sang Yehuwah,

    lan sapa kang dadi peparang kejaba GustiAllah kita?

    32 (18-33) Gusti Allah, iya Panjenengane ikukang nyabuki aku kalawan karosan,

    kang ngratakake dalanku;33 (18-34) kang ndadekake sikilku kaya

    sikiling menjanganlan ngadegake aku ana ing pagunungan;

    34 (18-35) kang mulang perang tanganku,nganti lengenku bisa menthang gandhewatembaga.

    35 (18-36) Paduka maringi tetamengingkarahayon dhateng kawula,

    asta tengen Paduka nyanggi kawula,sih-palimirma Paduka damel luhur kawula.

    36 (18-37) Paduka maringi papan ingkangomber dhumateng jangkah kawula,

    temah polok kawula boten ngantos kesliyo.37 (18-38) Mengsah kawula sami kawula

    oyak, ngantos kecepeng,sarta kawula boten wangsul-wangsulsaderengipun tumpes sadaya;

  • JABUR 18.38–44 3638 (18-39) inggih sami kawula gebag ngantos

    boten saged tangi malih,sami ambruk wonten ing sangandhapipuntlapakan kawula.

    39 (18-40) Kawula sampun Paduka sabukiklayan karosan tumrap ing perang;

    ingkang sami nglawan kawula punikasampun Paduka telukaken wonten ingsangandhaping pangwaos kawula.

    40 (18-41) Mengsah kawula sampun Padukadamel sami keplajeng saking ngajengkawula,

    sarta para tiyang ingkang sami sengitdhumateng kawula sami kawula tumpes.

    41 (18-42) Sami sesambat nedha tulung,nanging boten wonten ingkang mitulungi

    sami sesambat dhumateng Sang Yehuwah,nanging boten kaparingan wangsulan.

    42 (18-43) Sami kawula ejur-ejur ngantoslembat kados lebu ingkang kabur ingangin,

    kawula bucal kados blethok ing margi.43 (18-44) Paduka sampun nguwalaken

    kawula saking bebantahaning rakyat;kawula Paduka angkat dados pengagengingpara bangsa;

    bangsa ingkang boten tepang kaliyankawula punika sami ngabdi dhatengkawula;

    44 (18-45) kupingipun saweg mireng kawulakemawon,

    lajeng sami mbangun miturut dhumatengkawula;

  • JABUR 18.45–50 37

    tiyang ngamanca sami sujud lanngrampek-ngrampek dhateng kawula.

    45 (18-46) Tiyang-tiyang ngamanca saminglumpruk tanpa bayu,

    sarta sami medal nilar beteng-betengipunklayan gumeter.

    46 (18-47) Sang Yehuwah gesang! Pinujiapeparangku,

    linuhurna Gusti Allah, Juru Slametku.47 (18-48) Gusti Allah kang malesake aku,lan wus nelukake para bangsa marangsangisoring pangwasaku,

    48 (18-49) kang wus ngluwari aku sakamungsuhku.

    Paduka malah sampun ngluhurakenkawula ngungkuli para tiyang ingkangnglawan kawula;

    kawula Paduka luwari saking tiyang ingkangambek siya.

    49 (18-50) Pramila dhuh Yehuwah, kawulabadhe ngidungaken pamuji sokurwonten ing antawisipun para bangsa,

    asma Paduka badhe kawula luhurakenkanthi kidung masmur.

    50 (18-51) Panjenengane ngganjarkaslametan kang linuwih marang rajakang kajumenengake,

    lan paring sih-rahmat marang kangdijebadi,

    yaiku marang Prabu Dawud lansatedhak-turune nganti ing salawase.”

  • JABUR 19.1–6 38

    MASMUR 19

    Kamulyane Sang Yehuwah anaing pakaryaning astane

    lan ana ing angger-anggere

    19:1-14 (19:1-15)

    191Kanggo lurah pasindhen. Masmuranggitane Prabu Dawud.

    (19-2) Langit nyaritakake kamulyaning Allah,sarta akasa mratelakake yeyasaningastane;

    2 (19-3) rina ngluberake pawarta ikuganti-gumanti,

    lan wayah bengi medharake kawruhganti-gumanti.

    3 (19-4) Ora ana pawarta lan ora anatembung,

    ora keprungu swarane,4 (19-5) ewadene kumandhange ngebeki

    salumahing bumi,pamicarane tumeka ing pungkasaningjagad.

    Pangeran wus mrenahake tarubing surya anaing langit

    5 (19-6) kang pletheke kaya pangantenlanang kang lagi metu saka ing kamare,

    berag kaya prawira kang arep lumaku ingdalane.

    6 (19-7) Wetune saka ing tepining langitsarta ubenge tumeka ing sisih liyane,

  • JABUR 19.7–12 39

    ora ana barang kang ora kena ing panasingsunare.

    7 (19-8) Angger-anggere Sang Yehuwah ikusampurna,

    nyegerake nyawa;pranatane Sang Yehuwah iku setya tuhu,aweh kawicaksanan marang wong kangora duwe pangalaman.

    8 (19-9) Pangandikane Sang Yehuwah ikupatitis,

    mbungahake ati;prentahe Sang Yehuwah iku murni,gawe sumoroting mripat.

    9 (19-10) Wedi marang Sang Yehuwah ikusuci,

    lestari ana ing salawase;paugerane Sang Yehuwah iku bener,kabeh adil,

    10 (19-11) endahe ngungkuli mas,malah ngluwihi mas murni akeh;

    legine ngungkuli madu,malah ngungkuli rembesing madu saka ingtala tawon.

    11 (19-12) Lan malih abdi Paduka dipunengetaken dening punika wau sadaya,

    sarta tiyang ingkang netepi tampi ganjaranageng.

    12 (19-13) Sinten ingkang saged ngyektosipanasaran?

    Paduka mugi karsaa ngluwari kawulasaking ingkang boten kawula ngretosi.

  • JABUR 19.13–20.2 4013 (19-14) Abdi Paduka mugi Paduka ayomi,

    ugi margi saking wontenipun tiyangingkang sami ndhugal;

    punika sampun ngantos sami ngwaosikawula!

    Kawula lajeng tetep tanpa cacadsaha resik saking ing panerak ingkangageng.

    14 (19-15) Mugi-mugi Paduka karenandhateng

    kedaling cangkem kawula tuwinpangangen-angen kawula

    lan panggagasing manah kawula, dhuhYehuwah,

    peparang kawula, saha panebus kawula.

    MASMUR 20

    Pandonga nyuwun kaunggulankagem Sang Prabu

    20:1-9 (20:1-10)

    201Kanggo lurah pasindhen. Masmuranggitane Prabu Dawud.

    (20-2) Sang Yehuwah mugi karsaa paringwangsulan dhumateng panjenengandalem ing wekdal karibedan;

    asmaning Allahipun Rama Yakub mugidadosa bebeteng dalem.

    2 (20-3) Sang Yehuwah mugi ngintunanapitulungan saking pasucen dhatengpanjenengan dalem,

  • JABUR 20.3–9 41

    sarta nyantosakaken panjenengan dalemsaking Sion.

    3 (20-4) Gusti Allah mugi karsaa ngengetisakathahing sesaosan dalem kurban,

    sarta karsaa nampeni kurban obarandalem. (Selah)

    4 (20-5) Mugi panjenengan dalem pinaringanpunapa ingkang kakarsakaken,

    sarta mugi sageda kalampahan punapaingkang panjenengan dalem rancang.

    5 (20-6) Kawula sami badhe surak-surakmargi saking kaunggulan dalem,

    sarta masang umbul-umbul margi sakingasmanipun Gusti Allah kawula,

    Sang Yehuwah mugi njurungana ingsapanyuwun dalem.

    6 (20-7) Saiki aku sumurup yen SangYehuwah paring kaunggulan marangkang dijebadi,

    lan paring wangsulan saka ing swarganekang suci

    kalawan kamenangan kang gumilangdening astane tengen.

    7 (20-8) Wong iku padha nggunggungkaretane lan wong kae nggunggungjarane,

    nanging aku padha nggunggung asmaneSang Yehuwah Allahku.

    8 (20-9) Wong iku padha ambruk, padha tiba,nanging aku padha ngadeg jejeg.

    9 (20-10) Dhuh Yehuwah, Paduka mugiparing kaunggulan dhateng Sang Prabu!

  • JABUR 21.1–5 42

    Mugi karsaa paring wangsulan samangsakawula munjuk!

    MASMUR 21

    Kidung panuwun margaSang Prabu unggul

    21:1-13 (21:1-14)

    211Kanggo lurah pasindhen. Masmuranggitane Prabu Dawud.

    (21-2) Dhuh Yehuwah, Sang Prabu suka renamargi saking pangwaos Paduka,

    sanget ing bingahipun margi sakingkaunggulan peparing Paduka!

    2 (21-3) Sapangesthining panggalihipunsampun Paduka paringi,

    saha panyuwun ingkang kawedal sakinglathinipun boten Paduka tampik. (Selah)

    3 (21-4) Dene sampun Paduka pethukkalayan berkah ingkang luber;

    saha Paduka agemi makutha kancanamurni ing mastakanipun.

    4 (21-5) Panjenenganipun nyuwun gesangdhumateng Paduka; lajeng Padukaparingi,

    ugi sampun Paduka paringi yuswa panjanging salajengipun saha ing salaminipun.

    5 (21-6) Kaluhuranipun linangkung margisaking kaunggulan peparing Paduka,

    punapa dene Paduka paringi kaunggulankaliyan kamulyan.

  • JABUR 21.6–12 436 (21-7) Panjenenganipun Paduka dadosaken

    berkah ing salaminipun;Paduka kebaki ing kabingahan wonten ingngarsa Paduka.

    7 (21-8) Amargi Sang Prabu kumandeldhumateng Sang Yehuwah,

    saha margi saking sih-kadarmanipunIngkang Mahaluhur panjenenganipunboten keguh.

    8 (21-9) Asta Paduka badhe namanisakathahipun mengsah Paduka,

    ingkang sengit dhumateng Paduka samibadhe ketaman ing asta Paduka ingkangtengen

    9 (21-10) sami badhe Paduka dadosakenkadosdene pawon murub,

    samangsa Paduka ngatingal, dhuhYehuwah.

    Bebendunipun Yehuwah badhe nguntaltiyang wau sedaya,

    sarta sami badhe kamangsa ing latu.10 (21-11) Turunipun badhe Paduka

    sirnakaken saking bumi,tuwin tedhak turunipun saking antawisipunpara anaking manungsa.

    11 (21-12) Manawi badhe damel cilakapanjenengan dalem,

    sarta nganam-anam piawon, sami tanpadaya.

    12 (21-13) Malah badhe Paduka damel samilumajeng sadaya,

    sendhenging gandhewa Paduka, Padukaarahaken dhateng rainipun.

  • JABUR 21.13–22.4 4413 (21-14) Dhuh Yehuwah, mugi karsaa

    jumeneng kanthi pangwaos Paduka!Kawula lajeng sami ngidung sahangrepekaken masmur

    tumuju dhateng ing kasantosan Paduka.

    MASMUR 22

    Dhuh Allah kawula, punapaadene kawula Paduka tegakaken?

    22:1-31 (22:1-32)

    221Kanggo lurah pasindhen. Manut lagu:Menjangan wadon ing wayah bangbang

    wetan. Masmur anggitane Prabu Dawud.(22-2) Dhuh Allah kawula, Allah kawula,

    punapaa dene kawula Padukategakaken?

    Kawula munjuk kalayan sora, nangingPaduka tetep tebih saha boten mitulungikawula.

    2 (22-3) Dhuh Allah kawula, ing wanci siyangkawula sesambat,

    nanging Paduka boten paring wangsulan,ing wanci dalu makaten ugi, nangingkawula inggih boten tentrem.

    3 (22-4) Mangka Paduka punika IngkangMahasuci ingkang lenggah

    ing dhamparing kidung-pangalembananipun Israel.

    4 (22-5) Para leluhur kawula sami kumandeldhumateng Paduka;

  • JABUR 22.5–11 45

    sami kumandel dhumateng Paduka,nunten Paduka luwari;

    5 (22-6) Paduka ingkang dipun sebut, lajengPaduka entasaken;

    sami pitados dhumateng Paduka, lan samiboten kawirangan.

    6 (22-7) Nanging kawula punika cacing,sanes manungsa,

    dados cacadaning tiyang, cinampahan ingtiyang kathah.

    7 (22-8) Tiyang ingkang nyawang dhatengkawula sami moyoki sadaya,

    kalawan ngencepi tuwin gedheg-gedheg,tembungipun makaten:

    8 (22-9) “Wong sumendhe marang SangYehuwah, cikben dientasake ingPanjenengane,

    cikben Panjenengane kang ngluwari! Wongiku rak dadi renaning panggalihe ta?”

    9 (22-10) Inggih, saestu Paduka ingkangnglairaken kawula saking guwa garba;

    Paduka ingkang murugaken kawulatentrem wonten ing dhadhanipun biyungkawula.

    10 (22-11) Wiwit lair mila kawula kasaosakendhumateng Paduka,

    wiwit nalika kawula wonten ingkandhutaning biyung kawula,

    Paduka dados Allah kawula.11 (22-12) Mugi-mugi Paduka sampun

    ngantos nebihi kawula,amargi kasisahan sampun celak,

    mangka boten wonten ingkang mitulungi.

  • JABUR 22.12–19 4612 (22-13) Lembu-lembu jaler kathah

    ingkang sami ngrubung kawula;kawula kinepang ing lembu-lembu jalersaking Basan;

    13 (22-14) anggenipun sami ngangapakencangkemipun dhateng kawula

    prasasat singa ingkang nubruk lan nggero.14 (22-15) Kawula ingesokaken kados toya,sakathahing balung kawula sami pisahsaking ros-rosanipun;

    manah kawula kados lilin,leleh wonten ing batos kawula;

    15 (22-16) kakiyatan kawula garing kadosbeling,

    ilat kawula kraket ing cethak kawula,sarta Paduka ingkang nyelehaken kawula

    wonten ing lebuning pejah.16 (22-17) Amargi kawula karubung ing

    segawon,grombolaning durjana ngepang kawula,sami nyuduki tangan saha suku kawula.

    17 (22-18) Balung-balung kawula sagedkawula etang sadaya;

    tiyang-tiyang sami ningali, sami nyawangkawula.

    18 (22-19) Sandhangan kawula sami dipundumdum,

    saha jubah kawula dipun gebag ingdhadhu.

    19 (22-20) Nanging Paduka, dhuh Yehuwah,mugi Paduka sampun nebih sakingkawula;

  • JABUR 22.20–25 47

    dhuh karosan kawula, mugi enggal karsaamitulungi kawula!

    20 (22-21) Kawula mugi Paduka uwalakensaking pedhang,

    saha nyawa kawula saking cengkeremaningsegawon.

    21 (22-22) Mugi ngluwari kawula sakingcangkeming singa,

    tuwin saking singating bantheng.Paduka sampun paring wangsulan

    dhumateng kawula!22 (22-23) Kawula badhe martosaken asma

    Paduka dhateng para sadherek kawula,Paduka badhe kawula puji wonten ingtengahipun pasamuwan:

    23 (22-24) he para wong kang ngabektimarang Sang Yehuwah,

    padha nyaosna puji marang Panjenengane,he sakehing turune Yakub, padha nyaosnaurmat marang Panjenengane;

    he sakehing turune Israel, padha duwea wediasih marang Panjenengane.

    24 (22-25) Amarga Panjenengane ora mastaniasor lan ora jijik

    marang kanisthane wong kang katindhes,sarta ora ngaling-alingi wedanane,lan miyarsakake nalikane wong mausesambat nyuwun tulung marangPanjenengane.

    25 (22-26) Margi saking Paduka kawulamemuji-muji wonten ing pasamuwaningkang ageng;

  • JABUR 22.26–31 48

    nadar kawula badhe kawula luwari wontening ngajengipun para tiyang ingkangsami ngabekti dhumateng Paduka.

    26 (22-27) Wong andhap asor bakal padhamangan nganti wareg,

    wong kang ngupaya Sang Yehuwah bakalngalembana Panjenengane;

    atimu cikben urip ing salawase!27 (22-28) Poncot-poncoting bumi bakal eling

    marang ikulan banjur mratobat marang SangYehuwah;

    Para bangsa turun-tumurun badhe samisujud nyembah wonten ing ngarsaPaduka.

    28 (22-29) Amarga Sang Yehuwah kangkagungan karaton,

    Panjenengane kang ngereh bangsa-bangsa.

    29 (22-30) Wong gumedhe ing bumi bakalpadha sujud nyembah kabeh marangPanjenengane,

    para wong kang tumurun ing lebu lanora bisa nyambung uripe bakal padhajengkeng ana ing ngarsane.

    30 (22-31) Para tedhak-turune padhangabekti marang Panjenengane,

    sarta martakake bab Sang Yehuwahmarang para turune.

    31 (22-32) Iku kabeh bakal padha martakakekaadilane

    marang bangsa kang mengko bakal lair,

  • JABUR 23.1–6 49

    marga iku wus katindakake deningPanjenengane.

    MASMUR 23

    Gusti Allah iku pangen kang utama

    23:1-6

    231Masmur anggitane Prabu Dawud.Sang Yehuwah iku pangenku, aku orakekurangan apa-apa.

    2Aku diplegungake ana ing pangonan kangakeh sukete,

    aku digiring menyang ing banyu ingpanggonan kang tentrem;

    3nyawaku diayemake,sarta dituntun ing dalaning kabeneranmarga saka asmane.

    4Malah sanadyan lumaku ana ing jurangpalimenganing pati,

    aku ora wedi marang bilai,margi Paduka ingkang nganthi kawula;teken Paduka saha lantaran Paduka punikasami nglipur kawula.

    5Paduka nata pasegahan kangge kawula,wonten ing ngajengipun satru kawula;

    sirah kawula Paduka jebadi kaliyan lisah,tuwung kawula kebak mancep-mancep.

    6Amargi namung kabegjan lan kadarmanthok ingkang badhe ngirid lampahkawula,

    salaminipun gesang,

  • JABUR 24.1–6 50

    saha kawula badhe manggen wonten ingpadalemaning Sang Yehuwah ingsalaminipun.

    MASMUR 24

    Rawuhe Ratuning Kamulyaning Padalemaning Allah

    24:1-10

    241Masmur anggitane Prabu Dawud.Bumi dalah saisine kabeh kagunganeSang Yehuwah,

    mangkono uga jagad lan kang padhangenggoni.

    2Awit Panjenengane kang nitahake kalawanditalesi segara

    ditetepake tumumpang ing kali-kali.3 “Sapa kang kepareng munggah ing gununge

    Sang Yehuwah?Sapa kang kepareng ngadeg ana ingpadalemane kang suci?”

    4 “Wong kang resik tangane lan suci atine,kang ora masrahake nyawane marangkaculikan,

    lan ora nglairake sumpah goroh.5 Iku bakal kaparingan berkah dening Sang

    Yehuwah,sarta kaadilan dening Allah kang njalarikarahayone.

    6 Iku bangsane wong kang padha takon ingbab Penjenengane,

  • JABUR 24.7–25.2 51

    ingkang sami ngupadosi wedana Paduka,dhuh Allahipun Rama Yakub.” (Selah)

    7He gapura, padha dhuwurna pucakmu.He lawang langgeng, padha kangkata,supaya Sang Ratuning Kamulyan tindaklumebet!

    8 “Sang Ratuning Kamulyan iku sapa?”“Iku Sang Yehuwah kang kwaos lanprakosa,

    Sang Yehuwah prakosa ing prang!”9He gapura, padha dhuwurna pucakmu,he lawang kawak padha kangkata,supaya Sang Ratuning Kamulyan tindaklumebet!”

    10 “Sang Ratuning Kamulyan iku sapa?”“Iku Sang Yehuwah, Gustine balatantra,Iku Sang Ratuning Kamulyan.” (Selah)

    MASMUR 25

    Donga nyuwunpangapura lan pangayoman

    25:1-22

    251Anggitane Prabu Dawud.Dhuh Yehuwah, nyawa kawula kawulaangkat dhumateng ing ngarsa Paduka.

    2Dhuh Allah kawula, kawula pitadosdhumateng Paduka,

    mugi kawula sampun ngantos nandhangwirang;

    mengsah kawula sampun ngantos samibingah-bingah margi saking kawula.

  • JABUR 25.3–9 523Sayektos, tiyang ingkang ngantos-antos

    dhumateng Paduka punika, mesthiboten kawirangan;

    nanging tiyang ingkang nglampahi cidratanpa sabab punika manggih wirang.

    4Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka paringisumerep bab margi Paduka,

    sarta karsaa nedahaken radinan Paduka.5Lampah kawula mugi Paduka tuntun wonten

    ing kaleresan Paduka, lan kawula mugiPaduka wulang,

    amargi Paduka punika Allah ingkang paringkarahayon dhumateng kawula;

    Paduka ingkang kawula antos-antossadinten muput.

    6Dhuh Yehuwah, Paduka mugi enget dhatenging sih-palimirma sarta kadarmanPaduka,

    awit punika sadaya sampun wonten wiwiting jaman purwa mila.

    7Paduka mugi sampun ngengeti dhatengdosa kawula nalika taksih nem

    tuwin dhateng duraka kawula,nanging mugi Paduka karsaa enget

    dhumateng kawula manut sih-kadarmanPaduka,

    margi saking kamirahan Paduka, dhuhYehuwah.

    8Sang Yehuwah iku becik lan adil,mulane wong kang kesasar padha ditedahidalan.

    9Wong kang lembah manah padha dituntunlakune ana ing kabeneran,

  • JABUR 25.10–18 53

    wong kang lembah manah padha ditedahimargine.

    10Kabeh margining Yehuwah iku katresnan,kasetyan lan kabeneran

    tumrap wong kang padha netepi prajanjianlan pepengete.

    11Margi saking asma Paduka, dhuh Yehuwah,mugi karsaa ngapunten kalepatan kawula,awit punika ageng.

    12Sapa kang wedi marang Sang Yehuwah?Iku mesthi ditedahi dalan kang kudukapilih.

    13Wong iku dhewe bakal tetep ana ingkabegjan,

    sarta turune bakal oleh warisan bumi.14Pasrawungane Sang Yehuwah kang celak

    iku karo wong kang padha wedi marangPanjenengane,

    sarta iku padha diparingi sumurup babprajanjiane.

    15Mripatku tansah tumenga marang SangYehuwah,

    amarga Panjenengane bakal nguwalakesikilku saka ing kalajiret.

    16Paduka mugi karsaa mirsani lan melasikawula,

    awit kawula kepencil tuwin kesrakat.17Paduka mugi karsaa nglonggaraken manah

    kawula ingkang karupekan punika,mugi karsaa ngluwari kawula sakingkaribedan kawula!

    18Paduka mugi karsaa mirsani kasangsaransaha kangelan kawula,

  • JABUR 25.19–26.2 54

    saha sakathahing dosa kawula mugikaapuntena.

    19Paduka mugi karsaa mirsani mengsahkawula, dene kathah sanget,

    sarta anggenipun sengit sanget dhatengkawula.

    20Nyawa kawula mugi Paduka reksa sahamugi karsaa ngluwari kawula,

    sampun ngantos kawula manggihkawirangan, awit kawula ngayomdhumateng Paduka.

    21Kawula mugi kairingna ing katulusan sahakajujuran,

    awit Paduka ingkang kawula antos-antos.22Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa

    ngluwari Israel saking sakathahingkaribedanipun.

    MASMUR 26

    Pandonga nyuwun kaleresakedening Sang Yehuwah

    26:1-12

    261Anggitane Prabu Dawud.Dhuh Yehuwah, Paduka mugi paringkaadilan dhumateng kawula,

    amargi lampah kawula kanthi lampahresik,

    kawula pitados dhumateng Sang Yehuwahkalayan boten mangu-mangu.

    2Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ndadarlan neter kawula;

  • JABUR 26.3–10 55

    batos kawula saha manah kawula mugiPaduka titi-priksa.

    3Amargi katresnan saha kasetyan Padukaingkang kawula pandeng,

    sarta lampah kawula wonten ing kaleresanPaduka.

    4Kawula boten linggih nunggil kaliyan juruapus

    saha boten sesrawungan kaliyan tiyanglamis;

    5kula sengit dhateng pakempalanipun tiyangawon,

    lan ugi boten linggih nunggil kaliyan tiyangduraka.

    6Kawula ngwisuhi tangan kawula tandhabilih boten kalepatan,

    saha kawula lajeng ngubengi misbyahPaduka, dhuh Yehuwah,

    7kanthi ngrepekaken kidung panuwunkalayan swara sora,

    saha martosaken sakathahing kaelokanPaduka.

    8Dhuh Yehuwah, kawula tresna dhatengpapan padaleman Paduka

    kaliyan dhateng papan kamulyan Paduka.9Paduka mugi sampun ngukud nyawa kawula

    sareng kaliyan tiyang dosa,punapa dene gesang kawula sampunngantos sareng kaliyan tiyang ingkangngwutahaken rah,

    10 ingkang tanganipun nggegem pendamelawon,

    tanganipun tengen kebak reruba.

  • JABUR 26.11–27.4 5611Naning gesang kawula kanthi manah resik;kawula mugi linuwarna saha mugi Padukawelasi.

    12Sikilku ngambah tanah kang rata;aku bakal ngalembana marang SangYehuwah ana ing pasamuwan.

    MASMUR 27

    Ayem ana ing pangayomaning Allah

    27:1-14

    271Anggitane Prabu Dawud.Sang Yehuwah kang dadi pepadhangkulan pamartaku,

    sapa kang dakwedeni?Sang Yehuwah kang dadi bebetenging

    uripku,sapa kang marakake aku gumeter?

    2Nalika para durjana padha nempuh marangaku

    arep mangan dagingku,yaiku sakehing satruku lan mungsuhkubanjur padha kajengklok lan tiba.

    3Sanadyan akeh bala kang padha ngedegaketarub ngepung aku,

    atiku ora giris,sanadyan tuwuh peperangan,atiku tetep pracaya.

    4Saprakara kang wus daksuwun marangSang Yehuwah,

    yaiku kang dakpengini

  • JABUR 27.5–9 57

    muga bisa manggon ana ing padalemaneSang Yehuwah ing salawase urip,

    nyawang kadarmane Sang Yehuwahsarta ngrasakake nikmate ana ingpasucene.

    5Sabab Pangeran ngayomi aku ana ingpasanggrahane,

    manawa ana bebaya;ngaling-alingi aku ana ing papan kang

    ndhelik ing sajroning tarube.Panjenengane mrenahake aku ana ingsadhuwuring parang.

    6Saiki sirahku jejeg,ngungkuli musuh kang ngepung aku;

    ana ing tarube aku bakal nyaosake kurbanpanuwun kanthi surak-surak;

    aku arep ngidung lan ngrepekake masmurkagem Sang Yehuwah.

    7Dhuh Yehuwah, mugi karsaa miyarsakakenpasambat kawula ingkang kawulaunjukaken,

    mugi Paduka karsaa melasi kawula sahakawula mugi kaparingana wangsulan!

    8Manah kawula ndherek dhumatengpangandika Paduka: “Sira ngupayaawedananingSun.”

    Wedana Paduka inggih lajeng kawulaupadosi, dhuh Yehuwah.

    9Paduka mugi sampun nutupi wedanaPaduka dhateng kawula,

    Paduka sampun nampik abdi Padukaklayan bebendu;

    Paduka punika pitulungan kawula,

  • JABUR 27.10–28.1 58

    kawula mugi sampun Paduka tampiksaha Paduka tilar,

    dhuh Allah, Juruwilujeng kawula!10Sanadyan bapa-biyung kawula nilar

    kawula,nanging Sang Yehuwah ingkang mupukawula.

    11Dhuh Yehuwah, kawula mugi Padukaparingi pitedah bab Paduka,

    sarta lampah kawula katuntuna wontening margi ingkang wradin

    margi saking wontenipun mengsah kawula.12Kawula sampun Paduka ulungaken dhateng

    hawa nepsunipun satru kawula,awit sampun wonten seksi-seksi doraingkang sami nglawan kawula,

    kaliyan tiyang-tiyang ingkang kadunungandereng badhe niksa.

    13Sanyata aku ngandel yen bakal nyumurupikabecikaning Yehuwah

    ana ing bumining wong urip!14Padha nganti-antia marang Sang Yehuwah!Padha dipanggah lan ditatag atimu!Padha nganti-antia marang Sang Yehuwah!

    MASMUR 28

    Sang Yehuwah iku tetamengku

    28:1-9

    281Anggitane Prabu Dawud.Dhuh Yehuwah peparang kawula,kawula sesambat dhumateng Paduka,

  • JABUR 28.2–6 59

    mugi sampun ngendelaken kawula,sabab manawi Paduka ngendelaken kawula,kawula lajeng kadosdene tiyang ingkangmandhap dhateng kubur.

    2Paduka mugi karsaa miyarsakakenswantening panyuwun kawula,

    manawi kawula sesambat dhumatengPaduka nyuwun tulung,

    tuwin njunjung tangan kawulangener dhateng padaleman Padukaingkang mahasuci.

    3Kawula sampun ngantos Paduka seredsesarengan kaliyan tiyang duraka,

    utawi ingkang nglampahi awon,ingkang tangkepipun sae dhateng

    sesaminipun,nanging manahipun kebak piawon.

    4Punika mugi sami Paduka wales satimbangkaliyan pandamelipun,

    saha manut pratingkahipun ingkang awon;mugi Paduka ganjar laras kaliyan pakartining

    tanganipunsarta kadhawahana piwales punapaingkang katindakaken punika.

    5Amarga padha ora nggatekake marangpakaryaning Yehuwah,

    sarta apa kang katindakake dening astane,mulane bakal padha katibakakelan ora ditangekake maneh.

    6Pinujia Sang Yehuwah, awit wusmiyarsakake

    swaraning pasambatku.

  • JABUR 28.7–29.2 607Sang Yehuwah iku kakuwatanku lan

    tetamengku,atiku kumandel marang Panjenengane.

    Aku wus kapitulungan, mulane atikubungah-bungah,

    sarta aku ngunjukake panuwunmarang Panjenengane kalawankekidungan.

    8Sang Yehuwah iku dadi kasantosaningumate,

    Panjenengane dadi beteng karahayontumrap wong kang dijebadi!

    9Paduka mugi karsaa ngluwari umat Paduka,tuwin karsaa mberkahi kagungan Padukapiyambak,

    mugi Paduka angen sarta Paduka pangguling salami-laminipun.

    MASMUR 29

    Kamulyane Gusti Allah ana ing prahara

    29:1-11

    291Anggitane Prabu Dawud.He para kang manggon ing swarga,pratelakna manawa Sang Yehuwah,

    ya mung Sang Yehuwah iku kang kagungankamulyan lan kakiyatan!

    2Sang Yehuwah kasaosana kaluhuraningasmane,

    padha sujuda marang Sang Yehuwahkanthi rinengga ing kasucen!

  • JABUR 29.3–11 613Swantene Sang Yehuwah ana ing

    sadhuwuring banyu,Gusti Allah kang mulya gumludhug,Sang Yehuwah ing sadhuwuring banyugedhe.

    4Swantene Sang Yehuwah kebak kakuwatan,swantene Sang Yehuwah kebak kamulyan.

    5Swantene Sang Yehuwah nugelake wit eres,malah wit eres ing Libanon padhadirubuhake dening Sang Yehuwah.

    6Panjenengane andadosake gunung Libanonmlumpat-mlumpat kaya pedhet,

    lan gunung Siryon kaya pedhetingbantheng.

    7Swantene Sang Yehuwah nyemburake genimulad-mulad.

    8Swantene Sang Yehuwah ngoregakepasamunan,

    Sang Yehuwah ngoregake ara-ara samunKadesy.

    9Swantene Sang Yehuwah njalari menjanganmeteng padha manak,

    malah njalari alas-alas padha gundhul,sarta kang ana ing padalemane padhanguwuh: “Linuhurna!”

    10Sang Yehuwah lenggah ing sadhuwuringbanjir,

    Sang Yehuwah jumeneng Raja ingsalawas-lawase.

    11Sang Yehuwah muga karsaa paringkakuwatan marang umate,

    Sang Yehuwah muga karsaa mberkahiumate kalawan tentrem rahayu.

  • JABUR 30.1–5 62

    MASMUR 30

    Kidung pamuji sokur margauwal saka ing bebaya

    30:1-12 (30:1-13)

    301Masmur. Kidung kanggo nucekakePadaleman Suci. Anggitane Prabu

    Dawud.(30-2) Dhuh Yehuwah, Paduka badhe kawula

    luhuraken,amargi Paduka sampun ngentas kawula,saha boten marengaken manawi mengsahkawula sami bingah margi sakingkawula.

    2 (30-3) Dhuh Yehuwah, Allah kawula, kawulasesambat nyuwun tulung dhumatengPaduka,

    lajeng Paduka sarasaken.3 (30-4) Dhuh Yehuwah, Paduka sampun

    ngentas nyawa kawula saking ing telengpalimengan,

    Paduka nggesangaken kawulawonten ing antawisipun tiyang-tiyang

    ingkang sampun lumebet ing kubur.4 (30-5) Padha ngidungna masmur kagem

    Sang Yehuwah, he para wong kangdikasihi,

    sarta padha nyaosna pamuji sokur marangasmane kang suci!

    5 (30-6) Amarga bebendune mung sadhela,

  • JABUR 30.6–11 63

    nanging kamirahane tetep ing salawaseurip;

    ing wayah bengi ana panangis,ing wayah ngarepake esuk keprungusurak-surak.

    6 (30-7) Ing salebeting kabingahan kawula,osiking manah kawula:

    “Aku ora bakal gloyoran salawase!”7 (30-8) Dhuh Yehuwah, margi saking anggen

    Paduka karenan,kawula sampun Paduka papanaken wontening sanginggiling redi ingkang santosa;

    nanging sareng Paduka nutupi wadanaPaduka, kawula kaget.

    8 (30-9) Kawula munjuk kalayan soradhumateng Paduka, dhuh Yehuwah,

    lan kawula nyenyuwun dhumatengPangeran:

    9 (30-10) “Punapa paedahipun manawi rahkawula wutah,

    manawi kawula mandhap dhateng ingkubur?

    Punapa lebu saged ngaturaken pamuji sokurdhumateng Paduka

    sarta martosaken kasetyan Paduka?10 (30-11) Dhuh Yehuwah, Paduka mugi

    miyarsakaken saha melasi kawula,dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaajumeneng dados juru tetulung kawula!”

    11 (30-12) Kawula ingkang sesambat Padukasantuni dados tiyang ingkang jejogedan,

    pangangge kawula bagor Paduka rucat,

  • JABUR 30.12–31.3 64

    kawula lajeng Paduka sabuki kaliyankabingahan,

    12 (30-13) supados nyawa kawulangidungaken masmur kagem Paduka

    lan sampun ngantos kendel kemawon.Dhuh Yehuwah, Allah kawula, kawula badhe

    ngidungaken pamuji sokur dhumatengPaduka ing salaminipun.

    MASMUR 31

    Tentrem ana ing astaning Yehuwah

    31:1-24 (31:1-25)

    311Kanggo lurah pasindhen. Masmuranggitane Prabu Dawud.

    (31-2) Dhuh Yehuwah, kawula ngayomdhumateng Paduka,

    kawula mugi sampun ngantos nandhangkawirangan.

    Mugi Paduka ngentas kawula amargi kaadilanPaduka,

    2 (31-3) Paduka mugi nilingna dhatengkawula,

    karsaa enggal paring wangsulan!Paduka mugi karsaa dados redi sela papan

    pangayoman kawula,beteng santosa ingkang mitulungi kawula!

    3 (31-4) Awit Paduka punika redi sela tuwinbeteng kawula,

    kawula badhe Paduka irid saha Padukatuntun margi saking asma Paduka.

  • JABUR 31.4–10 654 (31-5) Paduka badhe ngluwari kawula

    saking kala,ingkang kapasang dening tiyang kanggekawula,

    amargi Paduka ingkang dados pangaubankawula.

    5 (31-6) Nyawa kawula, kawula pasrahakenwonten ing asta Paduka;

    dhuh Yehuwah, Allah ingkang setya tuhu,Paduka ingkang ngluwari kawula.

    6 (31-7) Paduka sengit dhateng tiyangingkang memuja dhateng brahalaingkang tanpa gina,

    nanging kawula pitados dhumateng SangYehuwah.

    7 (31-8) Kawula badhe asurak-suraksukarena margi sih-kadarman Paduka,

    awit Paduka mirsani kasrakatan kawulasaha nupiksani karupekaning nyawakawula,

    8 (31-9) saha kawula boten Padukaulungaken dhateng ing tanganingmengsah,

    nanging Paduka kekahaken lampahingsuku kawula wonten ing omberan.

    9 (31-10) Dhuh Yehuwah, mugi kawulaPaduka welasi, awit kawula rumaosrupek;

    mripat, nyawa tuwin badan kawulanglemprek saking prihatos.

    10 (31-11) Amargi gesang kawula katedhaing kasisahan

  • JABUR 31.11–15 66

    saha tauning umur kawula sami telasdening pangesah;

    kekiyatan kawula mundur margi sakingkasangsaran kawula,

    sarta balung kawula sami gopok.11 (31-12) Kawula dados cecampahaning

    mengsah kawula,lan njalari girisipun para tangga tepalihkawula,

    punapa dene damel kagetipun parapitepangan kawula;

    tiyang ingkang sami sumerep kawulawonten ing margi, lajeng sami lumajeng.

    12 (31-13) Kawula sampun ical sakingpengetan kadosdene tiyang pejah,

    kawontenan kawula kados barang ingkangsampun pecah.

    13 (31-14) Amargi kawula mireng tiyangkathah sami bisik-bisik,

    -- kawula kinepang ing pagiris --sami sekuthon badhe nglawan dhateng

    kawula,ngangkah dhateng nyawa kawula.

    14 (31-15) Nanging kawula kumandeldhumateng Paduka, dhuh Yehuwah,

    kawula matur: “Paduka punika Allahkawula!”

    15 (31-16) Gesang kawula punika wonten ingasta Paduka,

    Paduka mugi karsaa nguwalaken kawulasaking tanganipun para satru kawulasaha tiyang ingkang sami ngoyak-oyakkawula!

  • JABUR 31.16–21 6716 (31-17) Wadana Paduka mugi madhangna

    abdi Paduka,kaluwarana margi saking sih-kadarmanPaduka!

    17 (31-18) Dhuh Yehuwah, kawula mugisampun ngantos Paduka tegakaken

    ing salebetipun nandhang kawirangan,amargi kawula nyebut dhumateng Paduka;

    tiyang duraka punika kajengipun saminandhang kawirangan

    mandhapa dhateng teleng palimenganklayan kendel.

    18 (31-19) Sakathahing lambe cidrakajengipun dados bisu,

    ingkang nyendhu dhateng tiyang buruskalayan kumethak lan nyenyampahi!

    19 (31-20) Iba lubering kautamen Padukaingkang kacawisaken dhateng tiyangingkang ngabekti dhumateng Paduka,

    ingkang sampun Paduka tandukaken dhatengtiyang ingkang sami ngayom dhatenging Paduka,

    wonten ing ngajengipun manungsa!20 (31-21) Punika sami Paduka singidaken

    wonten ing pangayomaning wadanaPaduka,

    margi saking wontenipun sekuthoningtiyang;

    sami Paduka ayomi wonten ing pamondhokansupados lepat saking padudonipun ilatkathah.

    21 (31-22) Pinujia Sang Yehuwah, awitdenesih-kadarmane

  • JABUR 31.22–32.2 68

    dikatingalake marang aku kanthi patrapkang nggumunake

    nalika aku ketaman ing karupekan!22 (31-23) Amargi saking bingung kawula,

    kawula nginten:“Kawula sampun kabucal saking paningalPaduka.”

    Ewasamanten nalika kawula sesambatdhumateng Paduka,

    Paduka lajeng nyembadani dhatengpasambat kawula.

    23 (31-24) He sakehe para kekasihingPangeran, padha tresnaa marang SangYehuwah!

    Sang Yehuwah ngreksa para wong kangsetya,

    nanging kang gumunggungdiwales temenan.

    24 (31-25) Sakehing wong kang ngarep-arepmarang Sang Yehuwah,

    padha disantosa lan diteteg atimu!

    MASMUR 32

    Bab karahayone wongkang kaapura dosane

    32:1-11

    321Anggitane Prabu Dawud. Kidungpiwulang.

    Rahayu wong kang kaapura panerake,kang dosane kaaling-alingan!

    2Rahayu wong

  • JABUR 32.3–8 69

    kang durakane ora kaetang deningYehuwah,

    sarta kang atine ora kadunungan cidra!3Sadangunipun kawula kendel, balung

    kawula sami dados gapuking salebeting panggluruh kawula sadintenmuput;

    4amargi rinten dalu asta Paduka awratpametekipun dhateng kawula

    sungsum kawula ngantos garing,kadosdene ngeraking mangsa benter.(Selah)

    5Dosa kawula, kawula lairaken dhumatengPaduka,

    kalepatan kawula boten kawulaaling-alingi;

    tembung kawula: “Dakngakoni panerakkuana ing ngarsane Sang Yehuwah,”

    Paduka nunten ngapunten kalepatankawula margi saking dosa kawula.(Selah)

    6Milanipun sakathahing tiyang mursid samindedonga dhumateng Paduka,

    mumpung taksih saged pinanggih;sanadyan wontena bena ageng,boten kebenan.

    7Paduka ingkang dados pasingidan kawula,Paduka nebihaken kawula sakingkaribedan,

    Paduka ngemuli kawula, temah kawulaluwar sarta asurak-surak. (Selah)

    8Aku arep mulang marang kowe,dakweruhake dalan kang wajib kokambah;

  • JABUR 32.9–33.3 70

    aku arep mituturi kowe, mripatku tumujumarang kowe.

    9Aja kaya jaran utawa bihal kang ora duwebudi,

    prelu dienggoni apus lan kendhali, manawaora, ora bakal nyedhaki kowe.

    10Wong duraka nandhang perih akeh,nanging kang kumandel marang SangYehuwah

    iku mesthi kinubengan ing sih-rahmat.11He para wong mursid, padha bungaha lan

    giyak-giyaka ana ing Pangeran Yehuwah.He para wong kang mulus ing ati, padhasurak-suraka!

    MASMUR 33

    Kidung pangalembanamarang Allahe Israel

    33:1-22

    331He para wong mursid, padhaasurak-suraka ana ing Sang Yehuwah!

    Awit wus samesthine, manawa wong tulusatine padha memuji.

    2Padha saosa puji sokur marang SangYehuwah kalawan clempung,

    kidungna masmur kalawan slukat akawatsepuluh.

    3Kidungna kekidungan anyar;diprigel panabuhmu kanthi swara kangrame!

  • JABUR 33.4–13 714Sebab pangandikane Sang Yehuwah iku

    nyata,samubarang kabeh katindakake kalawansetya tuhu.

    5Panjenengane karenan marang kang benerlan adil;

    bumi kebak ing sih-kamurahaningYehuwah.

    6Sakehing langit padha katitahake deningsabdane Pangeran Yehuwah,

    sakehing balane dening napasing lesane.7Banyuning segara dikumpulake kaya

    bebendungan,samodra gedhe dilebokake ing wadhah.

    8Salumahing bumi cikben padha wedimarang Sang Yehuwah,

    wong saisining jagad cikben padhagumeter ana ing ngarsane!

    9Amarga Panjenengane ngandika, kabehbanjur dadi;

    Panjenengane dhawuh, kabeh banjur ana.10Sang Yehuwah nggagalake rancangane

    para bangsa;murungake rancangane para suku bangsa;

    11nanging karsane Sang Yehuwah iku teteping salawase,

    tuwin ciptaning galih iku turun-tumurun.12Rahayu bangsa kang nganggep Sang

    Yehuwah dadi Allahe,sarta suku bangsa kang kapilih iku dadikagungane!

    13Pangeran Yehuwah maspaosake saka ingswarga,

  • JABUR 33.14–22 72

    lan mirsani sakehing anake manungsa;14 saka ing padalemane nguninganisakehing isine bumi.

    15Kabeh padha diwangun atine,sarta digatosake apa sapanggawene.

    16Kaslametaning raja iku ora jalaran sakagedhening pangwasane;

    pahlawan iku ora bakal kapitulunganmarga saka gedhening kakuwatane.

    17 Jaran iku tangeh yen marakake unggul,lan karosane kang ngedab-edabi oranjalari bisa oncat.

    18Lan paningale Sang Yehuwah nguninganiwong kang padha wedi marangPanjenengane,

    sarta nganti-anti marang sih-kadarmane,19 supaya nyawane kauwalake saka ing pati,sarta padha diuripi ing mangsa paceklik.

    20Nyawa kita nganti-anti marang SangYehuwah.

    Panjenengane iku pitulungan lan tetamengkita.

    21Sanyata ati kita bungah marga sakaPanjenengane,

    awit kita pracaya marang asmane kangsuci.

    22Dhuh Yehuwah, sih-kadarman Padukalumuntura dhateng kawula sadaya,

    kadosdene pangantos-antos kawulasadaya dhumateng Paduka.

  • JABUR 34.1–6 73

    MASMUR 34

    Ana ing pangayomane Pangeran Yehuwah

    34:1-22 (34:1-23)

    341Anggitane Sang Prabu Dawud, nalikamindha-mindha wong kang owah

    pikirane ana ing ngarsane Prabu Abimelekh,temah ditundhung, banjur angles.(34-2) Pangeran Yehuwah arep dakpuji ing

    salawase;pepujian marang Panjenengane tetep anaing cangkemku.

    2 (34-3) Marga saka Sang Yehuwah nyawakurumangsa mulya;

    wong kang lembah manah cikben padhakrungu lan padha bungah.

    3 (34-4) Payo padha ngluhurake SangYehuwah bareng karo aku,

    payo padha bebarengan nyuwurakeasmane!

    4 (34-5) Aku wus ngupaya PangeranYehuwah, banjur diparingi wangsulan,

    sarta diluwari saka sabarang kangmarakake girisku.

    5 (34-6) Padha mandenga marang PangeranYehuwah,

    ulatmu mesthi bakal padha dibingarake,sarta mesthi ora bakal padha kawirangan.

    6 (34-7) Wong kang katindhes iki asesambat,nuli dipiyarsakake dening SangYehuwah;

  • JABUR 34.7–14 74

    sarta diluwari saka ing sakehe rerubede.7 (34-8) Malaekate Pangeran Yehuwah

    ngamping-ampingi wong kang ngabektimarang Panjenengane,

    sarta padha kaluwaran.8 (34-9) Mara padha ngrasakna lan nyawanga

    sapira gedhene kasaenane PangeranYehuwah iku!

    Rahayu wong kang ngungsi marangPanjenengane!

    9 (34-10) He para kagungane Pangeran kangsuci, padha wedi-asiha marang SangYehuwah,

    wong kang wedi-asih marang PangeranYehuwah padha ora kekuranganapa-apa.

    10 (34-11) Singa anom padha nandhang papalan keluwen,

    nanging wong kang ngupaya SangYehuwah padha ora kekurangansabarang kang becik.

    11 (34-12) He para bocah, padha ngrungoknapituturku,

    kowe padha dakwulang wedi-asih marangPangeran Yehuwah.

    12 (34-13) Sapa kang seneng urip,kang kepengin umur dawa supaya bisangrasakake kang becik?

    13 (34-14) Ilatmu pekaken aja ngantimedharake tembung ala

    sarta lambemu aja ngucapake kang cidra;14 (34-15) ngedohana piala, nglakonana

    kang becik,

  • JABUR 34.15–22 75

    ngudia marang karukunan lan arahennganti kacekel!

    15 (34-16) Tingale Sang Yehuwah mirsaniwong mursid,

    sarta talingane midhangetake ingpasambate;

    16 (34-17) wedanane Pangeran Yehuwahnglawan para wong kang gawe piala,

    supaya pangenget-enget tumrap wong-wong mau kasirnakake saka ingbumi.

    17 (34-18) Manawa para wong mursidsesambat marang Pangeran Yehuwah,banjur dipiyarsakake,

    sarta padha diluwari saka ing sakehingrerubede.

    18 (34-19) Pangeran Yehuwah ana ingsacedhake para wong kang rempu atine,

    sarta para wong kang pepes budine padhadipitulungi.

    19 (34-20) Wong mursid iku akeh rerubede,nanging diluwari dening Sang Yehuwahsaka sakehe iku kabeh,

    20 (34-21) Panjenengane ngreksa balung-balunge,

    nganti ora ana kang tugel siji-sijia.21 (34-22) Wong duraka bakal dipateni

    dening kasangsaran,sarta sing sapa sengit marang wongmursid, mesthi oleh paukuman.

    22 (34-23) Pangeran Yehuwah ngluwarinyawane para abdine,

  • JABUR 35.1–5 76

    sarta sakehing wong kang pracaya marangPanjenengane ora bakal kaukum.

    MASMUR 35

    Pandonga nyuwuntulung, marga ana mungsuh

    35:1-28

    351Anggitane Prabu Dawud.Dhuh Yehuwah, Paduka mugi mabenanatiyang ingkang sami mabeni kawula,

    mugi merangana tiyang ingkang samimerangi kawula.

    2Paduka mugi karsaa ngasta tameng lanparis,

    Paduka mugi karsaa jumeneng mitulungikawula.

    3Paduka mugi karsaa ngedalaken tumbakkaliyan wadung-perang

    kangge nglawan para tiyang ingkang samingoyak kawula;

    saha Paduka mugi karsaa ngendika dhatengnyawa kawula:

    “Ingsun kang mitulungi sira.”4Tiyang ingkang sami ngangkah nyawa

    kawulamugi samia kisinan lan kawirangan,

    tuwin ingkang ngangkah dhateng sangsarakawula

    mugi samia mundur lan kisinan.5Samia kados mrambut kabur ing angin,

  • JABUR 35.6–12 77

    samangsa sami kakentasaken deningMalaekating Yehuwah.

    6Marginipun dadosa peteng saha lunyu,saha sami kaoyaka dening MalaekatingYehuwah.

    7Tanpa jalaran anggenipun masangikala-jiret dhateng kawula,

    tanpa jalaran anggenipun ndhudhukluwangan kangge kawula.

    8Tiyang punika kadhatengana ing bilaiingkang boten kanyana-nyana,

    sarta kajireta ing kala ingkang kapasangpiyambak,

    kajengipun dhawah temah sirna!9Nanging kawula badhe asurak-surak margi

    saking Pangeran Yehuwah,sarta badhe suka pari suka margi sakingparingipun pitulungan.

    10Balung kawula sadaya badhe munjukmakaten:

    “Dhuh Yehuwah, sinten ingkang kadosPaduka,

    ingkang ngluwari tiyang kesrakat sakingtanganipun tiyang ingkang langkungkiyat katimbang piyambakipun,

    sarta ingkang ngluwari tiyang sangsarasaha mlarat

    saking tanganipun ingkang ngrampog?”11Seksi ingkang remen dhateng kakerasan

    sami jumedhul,sami nggigat ing bab ingkang botenkawula ngretosi.

    12Kasaenan kawula dipun wales piawon,

  • JABUR 35.13–17 78

    temah nyawa kawula dados pepes.13Ewadene menggah kawula, nalika tiyang

    punika sami sakit,kawula mangangge bagor,kawula nyiksa badan kawula kaliyansiyam,

    tuwin pandonga kawula thukul malih wontening manah kawula,

    14kados-kados mitra kawula utawi sadherekkawula ingkang sakit,

    kados makaten tangkep kawula;kawula tansah nandhang sisah kados tiyang

    ingkang kapejahan biyungipun,lampah kawula tansah tumungkul kalayanmangangge bagor.

    15Nanging sareng kawula kesandhungsaha dhawah, lajeng sami bingah sahanglempak,

    sami nggrombol nglawan kawula;tiyang ingkang boten tepang kaliyan kawula,sami nenacad kawula tanpa kendel-kendel;

    16anggenipun ngece kawula kadospatrapipun tiyang dursila,

    klayan nggeget-nggeget untu dhatengkawula.

    17Dhuh Pangeran, ngantos benjing punapaanggen Paduka namung mirsanikemawon?

    Nyawa kawula mugi Paduka luwari sakingpangrisakipun tiyang-tiyang punika,

    sarta saking singa-singa enem!

  • JABUR 35.18–24 7918Kawula lajeng badhe ngidungaken

    panuwun dhateng Paduka wonten ingpasamuwan agung,

    Paduka badhe kawula luhuraken wontening satengahing rakyat kathah.

    19Tiyang ingkang sami nyatru dhatengkawula tanpa sabab,

    punika sampun ngantos sami bingah-bingah ing bab kawula,

    tiyang-tiyang ingkang sami sengit dhumatengkawula tanpa sabab,

    sampun ngantos kedhap-kedhep mripat.20 Ingkang dipun rembag sanes karukunan,malah sami ngrancang pratingkah cidrakangge nglawan tiyang ing nagari ingkanggesangipun sami rukun.

    21Punapa malih sami broak-braok ujaripundhateng kawula;

    tembungipun: “Sokur, sokur, mripatku wusweruh!”

    22Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang sampunnguningani, mugi Paduka sampunkendel kemawon,

    dhuh Pangeran, mugi sampun ngantosnebihi kawula!

    23Paduka mugi karsaa wungu lan karsaajumeneng mbelani wewenang kawula,

    dhuh Allah kawula, lan Gusti kawula,Paduka mugi karsaa ngembani prakawiskawula.

    24Dhuh Yehuwah Allah kawula, Paduka mugikarsaa ngadili kawula ingkang salaraskaliyan kaadilan Paduka,

  • JABUR 35.25–36.1 80

    supados tiyang punika sampun ngantossami bingah-bingah ing bab kawula!

    25Sampun ngantos sami nggraita makaten:“Lah kaya mangkono kuwi kang padhadakkarepake.”

    Utawi ungelipun: “Saiki dheweke wisdakuntal!”

    26Sami nandhanga wirang saha isinsesarengan,

    tiyang ingkang sami bingah-bingah margisaking sangsara kawula,

    tiyang ingkang sami methenthengi kawula,sami nandhanga wirang isin.

    27Tiyang ingkang sami kepengin sumerepkawula dipun leresaken,

    punika kajengipun sami asurak-surak sahaabingah-bingah!

    sarta tansah sami wicantena makaten:“Pangeran Yehuwah iku agung,

    kang ngarsakake rahayune abdine!”28Wondene ilat kawula badhe nyariyosaken

    kaadilan Paduka,tuwin memuji Paduka ing sadinten muput.

    MASMUR 36

    Durakane wong dosalan sih-rahmate Gusti Allah

    36:1-12 (36:1-13)

    361Kanggo lurah pasindhen. AnggitanePrabu Dawud abdine Sang Yehuwah.

  • JABUR 36.2–8 81

    (36-2) Dosa iku celathu marang wong durakaana ing sajroning atine;

    ing batine ora tinemu rasa wedi-asihmarang Allah,

    2 (36-3) sabab wong mau mbebujuk marangawake dhewe,

    nganti wong nyumurupi kaluputane lansengit marang iku.

    3 (36-4) Tembung kang kawetu sakacangkeme iku isi piala lan kaculikan,

    wis mari anggone tumindak wicaksana lannglakoni kabecikan.

    4 (36-5) Ana ing paturone ngrantam-ngrantam piala,

    kang diambah dalan kang ora becik,sarta ora nyirik piala.5 (36-6) Dhuh Yehuwah, sih-kadarman

    Paduka punika sundhul ing akasa,saha kasetyan Paduka dumugi ing mega.

    6 (36-7) Kaadilan Paduka punika kadosredi-redining Allah,

    pancasan Paduka kados samodra agungingkang nggegirisi.

    Dhuh Yehuwah Paduka ingkang mitulungimanungsa lan kewan.

    7 (36-8) Iba-iba ajining sih-kamirahanPaduka, dhuh Allah!

    Para anaking manungsa sami ngungsidhateng aubing swiwi Paduka.

    8 (36-9) Sami katuwukan ing gajih sakingpadaleman Paduka,

    sarta Paduka paringi ngombe sakinglepening kasukan Paduka.

  • JABUR 36.9–37.2 829 (36-10) Amargi tuking gesang punika

    wonten ing Paduka;anggen kawula ningali pepadhang namungwonten ing pepadhang Paduka.

    10 (36-11) Kamirahan Paduka mugi kalubernadhateng tiyang ingkang sami tepangkaliyan Paduka,

    sarta kaadilan Paduka dhateng ing tiyangingkang tulus manahipun.

    11 (36-12) Kawula mugi sampun ngantoskaicak-icak ing sukunipun tiyanggumunggung,

    utawi katundhung ing tanganipun tiyangduraka.

    12 (36-13) Lah punika para tiyang ingkangnglampahi piawon sami dhawah;

    sami kabanting ngantos boten saged tangimalih.

    MASMUR 37

    Kabegjane wong duraka ikukabegjan kang ora nyata

    37:1-40

    371Anggitane Prabu Dawud.Aja nepsu marga saka wong kangnglakoni piala,

    aja meri marang wong kang culika;2amarga iku enggal bakal padha layu kaya

    suket,utawa alum kaya tetuwuhan kang ijo.

  • JABUR 37.3–10 833Kumandela marang Pangeran Yehuwah lan

    nindakna kabecikan,tetepa pamanggonmu ana ing nagarasarta tumindaka kang setya,

    4 lan bungaha marga saka Sang Yehuwah,dadi kowe mesthi diparingi pepenginaningatimu.

    5Uripmu pasrahna marang PangeranYehuwah sarta kumandela marangPanjenengane,

    Panjenengane kang bakal tumindak.6Panjenengane bakal mbabarake kebeneran

    mau kaya pepadhang,sarta wewenangmu kaya raina.

    7Kowe menenga ana ing ngarsane SangYehuwah lan nganti-antia marang SangYehuwah,

    aja nepsu marga wong kang sekolehanuripe,

    sarta marga saka wong kang nglakoniculika.

    8Biraten nepsumu lan tinggalen panasingatimu iku,

    aja nepsu, iku mung nuntun marangpanggawe ala.

    9Amarga wong laku ala mesthi bakalkatumpes,

    nanging wong kang nganti-anti marangSang Yehuwah

    iku bakal padha oleh warisan bumi.10Awit wektune mung kari sathithik, wong

    duraka nuli bakal sirna;

  • JABUR 37.11–19 84

    sarta tilas panggonane bae yenkokgatekake iya wus ora ana maneh.

    11Balik wong kang andhap-asor iku bakalpadha oleh warisan bumi,

    sarta bakal bungah-bungah margangrasakake katentreman kang linuwih.

    12Wong duraka nganam-anam pitenahnglawan wong mursid,

    sarta nggeget-nggeget untu ana ingngarepe.

    13Nanging digegujeng ing Pangeran,amarga Pangeran mirsa, yen dinane wongiku wus cedhak.

    14Wong duraka padha ngunus pedhangelan menthang gandhewane

    arep mateni para wong kang sangsara lanmlarat,

    sarta kang jujur lakune.15Nanging pedhange bakal mbalik lan nuwek

    awake dhewe,gandhewane padha pinutung.

    16Sathithika kae barang darbeke wongmursid

    iku luwih becik katimbang karomubra-mubrune wong duraka.

    17Amarga tangane wong duraka bakal padhaditugel,

    nanging wong mursid iku dikukuhakedening Pangeran Yehuwah.

    18Pangeran Yehuwah nupiksani dinane wongsaleh,

    warisane bakal lestari ing salawase;19 ing dina karibedan ora bakal kawirangan,

  • JABUR 37.20–27 85

    lan ing mangsa paceklik iya bakalkawaregan.

    20Balik wong duraka mesthi bakal padhatumpes

    lan satrune Sang Yehuwah bakal padhasirna kaya kaendahane suket ingpangonan;

    padha sirna, padha sirna kayadene kukus.21Wong duraka utang, nanging ora nyaur,balik wong mursid iku ambek welasan landhemen weweh.

    22Wong kang binerkahan ing Pangeran ikupadha oleh warisan bumi,

    nanging kang kena ing laknate iku padhaditumpes.

    23 Jangkahe wong dikukuhake deningPangeran Yehuwah,

    anggere lakune wong mau dadi keparengePangeran;

    24 samangsa tiba ora nganti gumuling,amarga Pangeran Yehuwah nyepengitangane.

    25Wiwit aku isih enom nganti saiki wis tuwa,aku durung tau nyumurupi wong mursidkategakake,

    utawa anak-putune padha luru-lurupangan;

    26 saben dina nandukake kawelasan lanngutangi,

    sarta anak-putune padha dadi berkah.27Ngedohana marang piala sarta nglakonana

    kabecikan,

  • JABUR 37.28–35 86

    temah pamanggonmu lestari ingsalawas-lawase;

    28amarga Sang Yehuwah nresnani kaadilan,lan ora bakal negakake marang para kangkinasihan.

    Malah padha direksa ing salawase,nanging para turune wong duraka padhaditumpes.

    29Para wong mursid padha oleh warisanbumi

    lan tansah manggon ing kono.30Cangkeme wong mursid iku medharake

    kawicaksanan,sarta ilate ngucapake kaadilan.

    31Angger-anggering Allahe ana ing batine,lakune ora sleyoran.

    32Wong duraka ndingkik marang wongmursid

    ngarah patine;33nanging ora diulungake dening Sang

    Yehuwah marang ing tangane,Panjenengane ora bakal kendel baesamangsa dheweke diadili kaanggepduraka.

    34Padha nganti-antia marang PangeranYehuwah, sarta lumakua ing margine,

    satemah kowe banjur kaangkat supayaoleh warisan bumi,

    sarta kowe bakal padha ndeleng parawong duraka tinumpes.

    35Aku weruh sawijining wong duraka kangagung-gumunggung;

    kang mekar kaya wit eres ing Libanon.

  • JABUR 37.36–38.1 8736Nalika aku liwat, kok wus ora ana;dakgoleki nanging ora ketemu.

    37Mara titenana mungguh wong mursid, landelengen wong kang temen,

    awit wong kang ambek rukun iku kaananebakal nyenengake ing tembe burine;

    38balik wong mursal padha tinumpesbebarengan,

    sarta para wong duraka pangarep-arepeing tembe bakal kasirnakake.

    39Para wong mursid iku dipitulungi deningSang Yehuwah;

    Panjenengane kang dadi pangayomane ingmangsa karubedan;

    40bakal padha dipitulungi dening SangYehuwah sarta diluwari,

    padha diuwalake saka ing tangane parawong duraka lan dislametake,

    awit padha ngungsi marang ingPanjenengane.

    MASMUR 38

    Pandonga ing sajrone lara

    38:1-22 (38:1-23)

    381Masmur anggitane Prabu Dawudnalika nyaosake kurban pengetan.

    (38-2) Dhuh Yehuwah, kawula mugi sampunngantos kaukum salebeting bebenduPaduka,

    sarta kawula sampun ngantos karangketing salebeting bramantya Paduka;

  • JABUR 38.2–10 882 (38-3) amargi kawula ketaman ing panah

    Paduka,asta Paduka sampun ndhawahi kawula.

    3 (38-4) Daging kawula boten wonteningkang saras margi saking bebenduPaduka,

    balung kawula boten wonten ingkangwilujeng margi saking dosa kawula;

    4 (38-5) amargi piawon kawula sampuntumempuh dhateng ing sirah kawula

    sadayanipun punika kados momotaningkang langkung dening awrat sahakawraten tumrap kawula.

    5 (38-6) Koreng kawula mambet boten eca,ngemu nanah

    margi saking bodho kawula.6 (38-7) Kawula ngantos wungkuk, ngantos

    mbengkeluk sanget;sadinten muput anggen kawula lumampahsarwi mangangge bagor.

    7 (38-8) Bangkekan kawula kebak tatu,saha daging kawula boten wonten ingkangwetah;

    8 (38-9) kawula nglempuruk, katelasankakiyatan,

    kawula asesambat amargi manah kawulatrataban.

    9 (38-10) Dhuh Pangeran, Paduka nguninganisadaya pepenginan kawula,

    sarta boten kesamaran menggah pasambatkawula.

    10 (38-11) Manah kawula trataban, kakiyatankawula telas,

  • JABUR 38.11–18 89

    saha mripat kawula koncatan sunaripun.11 (38-12) Mitra saha tetepangan kawula

    sami sumingkir, margi saking memalakawula,

    saha sanak-sadherek kawula sami nebih.12 (38-13) Tiyang ingkang ngarah nyawa

    kawula sami masang kala-jiret,ingkang murih cilaka kawula samingrantam badhe ngrisak kawula,

    saha saben dinten ngrancang paekan.13 (38-14) Nanging kawula kados tiyang

    budheg, boten mireng,lan kados tiyang bisu, ingkang botenmbikak cangkemipun.

    14 (38-15) Malah kados tiyang ingkang botenmireng,

    lan cangkemipun boten saged mabeni.15 (38-16) Dene Paduka ingkang kawula

    ajeng-ajeng, dhuh Yehuwah;Paduka ingkang badhe maringi wangsulan,dhuh Pangeran Allah kawula.

    16 (38-17) Gagasan kawula makaten:“Anggeripun tiyang punika sampunngantos bingah-bingah margi sakingkawula,

    sampun ngantos gumunggung manawisuku kawula gloyoran!”

    17 (38-18) Awit kawula badhe dhawah jalarankasandhung,

    saha kawula tansah karidhu ing sakit.18 (38-19) Dene kawula ngakeni kalepatan

    kawula,

  • JABUR 38.19–39.2 90

    kawula melang-melang margi saking dosakawula.

    19 (38-20) Mengsah kawula kathah sanget,tuwin kathah tiyang ingkang sengitdhumateng kawula tanpa sabab;

    20 (38-21) tiyang ingkang males awondhateng kasaenan kawula,

    sami nglawan kawula, amargi kawulangudi dhateng kasaenan.

    21 (38-22) Dhuh Yehuwah Allah kawula,Paduka mugi sampun negakakenkawula,

    sampun nebihi kawula.22 (38-23) Mugi enggala mitulungi kawula,dhuh Pangeran, Pamarta kawula!

    MASMUR 39

    Pandonga nyuwun pitulungan

    39:1-13 (39:1-14)

    391Kanggo lurah pasindhen, kanggoYedutun. Masmur anggitane Prabu

    Dawud.(39-2) Gagasanku mang