alkitab bahasa jawa 1994 - sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_jawa2_pb.pdf ·...

1467
Alkitab Bahasa Jawa Bahasa Sehari-hari 1994 Perjanjian Baru

Upload: others

Post on 05-Jan-2020

62 views

Category:

Documents


0 download

TRANSCRIPT

Alkitab

Bahasa Jawa

Bahasa Sehari-hari 1994

Perjanjian Baru

Matius

11 Iki sarasilahé Gusti Yésus Kristus.Gusti Yésus kuwi tedhak-turuné

Prabu Dawud. Prabu Dawud tedhak-turuné Bapak Abraham.2Bapak Abraham peputra Iskak. Iskakpeputra Yakub. Yakub peputra Yéhudasasedulur.3Yéhuda peputra Pèrès lan Zérah,patutan saka Tamar; Pèrès peputraHèzron. Hèzron peputra Ram.4Ram peputra Aminadab. Aminadabpeputra Nahason. Nahason peputraSalmon.5Salmon peputra Boas, patutan sakaRahab. Boas peputra Obèd, patutan sakaRut. Obèd peputra Isai.6 Isai peputra Dawud. Dawud peputraSuléman, patutan saka tilas bojoné Uria.7Suléman peputra Réhabéam.Réhabéam peputra Abia. Abia peputraAsa.8Asa peputra Yosafat. Yosafat peputraYoram. Yoram peputra Uzia.

MATIUS 1.9–17 29Uzia peputra Yotam. Yotam peputraAkhas. Akhas peputra Hizkia.10Hizkia peputra Manasyè. Manasyèpeputra Amon. Amon peputra Yosia.11Yosia peputra Yékhonya sasedulur.Nalika semono bangsa Israèl ana ingpembuwangan ing tanah Babil.12Ana ing tanah Babil kono Yékhonyapeputra Séaltièl. Séaltièl peputraZérubabel.13Zérubabel peputra Abihud. Abihudpeputra Èlyakim. Èlyakim peputra Azur.14Azur peputra Zadhok. Zadhokpeputra Akhim. Akhim peputra Éliud.15Éliud peputra Èléazar. Èléazar peputraMatan. Matan peputra Yakub.16Yakub peputra Yusuf. Yusuf kuwigarwané Maryam. Maryam iki singmbabar Gusti Yésus, sing disebutMèsiasa (Tembung Ibrani ‘Mèsiah’ kuwibasané Yunani ‘Kristus’.)17Dadi saka Bapak Abraham tekanPrabu Dawud, kabèh ana patbelasturunan, saka Prabu Dawud tekan jamanpembuwangan menyang tanah Babil anapatbelas turunan. Semono uga sakajaman pembuwangan menyang tanah

aMèsiah utawi Mèsias: tegesipun: "Jinebadan".

MATIUS 1.18–21 3

Babil tekan wiyosé Sang Kristus anapatbelas turunan.18Anadéné wiyosé Gusti Yésus Kristuskuwi kelakoné mengkéné: NalikaMaryam ibuné Gusti Yésus isih pacangankaro Yusuf, lan durung padha ningkah,Maryam wis mbobot merga sakapangwasané Sang Roh Suci.19Sarèhné wong mursid, Yusuf oragelem gawé wirangé Maryam anaing ngarepé wong akèh; mula thukulgagasané arep medhot enggonépepacangan karo Maryam mau kanthimeneng-menengan.20Nanging bareng lagi nggagas-nggagas mengkono, banjur anaMalaékaté Pangéran nemoni Yusufsajroning impèn. Malaékat maungandika: "Yusuf, tedhak-turuné Dawud,kowé aja mangu-mangu ngepèk Maryamdadi bojomu, awit bayi sing ana ingwetengané kuwi asalé saka pangwasanéSang Roh Suci.21Maryam bakal mbabar putrakakung. Bayi kuwi namakna Yésus,awit iya Panjenengané kuwi sing bakalnylametaké umaté saka ing dosané."

MATIUS 1.22–2.2 422Kuwi mau kabèh supaya kelakonsing dingandikakaké déning Pangéranlantaran nabiné, mengkéné:23 "Bakal ana prawan mbobot, sartambabar putra kakung, kang bakaldinamakaké Immanuèl." (‘Immanuèl’,kuwi basa Ibrani, tegesé: ‘Allah nunggilkaro kita’.)24Sawisé tangi, Yusuf banjur nglakonikaya sing didhawuhaké déningMalaékaté Pangéran mau. Maryambanjur diningkah,25nanging ora diwori turu ngantitumekané babaran. Putrané kakung;Yusuf namakaké putra mau Yésus.

21Kutha panggonané Gusti Yésusmiyos mau arané Bètléhèm, dunungé

ing tanah Yudéa. Nalika semono singjumeneng raja ing tanah Yudéa SangPrabu Hérodès. Ing kono ana ahlipalintangan sawetara saka tanah Wétanpadha teka ing kutha Yérusalèm.2Banjur padha takon: "Ratunipuntiyang Yahudi ingkang nembé miyosmenika wonten ing pundi? Margi kulasampun sami sumerep lintangipunwonten ing sisih Wétan; lan enggèn kula

MATIUS 2.3–7 5

dhateng mriki menika sami badhé saosbekti dhateng Panjenenganipun."3Bareng krungu sing mengkono mauSang Prabu Hérodès kagèt banget.Semono uga wong sakutha Yérusalèmiya padha kagèt.4Sang Prabu banjur utusan ngumpulaképara pengareping imam lan para ahliTorèt, banjur padha didangu: "SangKristus kuwi bakal miyos ana ing endi?"5Wangsulané sing padha didangu:"Wonten ing kitha Bètléhèm, ing tanahYudéa. Kados ingkang sampun kaseratdéning nabi, mekaten:6 ‘Kowé kutha Bètléhèm, ing tanahYéhuda,b kowé babar-pisan dudukutha sing rèmèh dhéwé ing antaranékutha-kutha ing Yéhuda. Awit saka ingkowé bakal miyos panuntun kang bakalngengon umat-Ku Israèl.’"7Sawusé olèh katerangan mengkono,Sang Prabu Hérodès banjur utusannimbali para ahli palintangan saka tanahWétan mau kanthi dhedhemitan. SangPrabu banjur ndangu klawan tliti kapan

btanah Yéhuda: Samenika kawastanan tanahYudéa.

MATIUS 2.8–11 6

sanyatané lintang kuwi olèhé wiwitkaton.8Sawisé kuwi para ahli palintangan maukadhawuhan mangkat menyang kuthaBètléhèm, karo diweling mengkéné:"Padha mangkata, titi priksanen singtliti bab Sang Bayi kuwi. Déné yèn wisketemu, énggal padha matura marangaku, supaya aku iya bisa mrana saosbekti marang Panjenengané."9Sawisé nampani dhawuhé Sang PrabuHérodès mau, para ahli palintanganbanjur padha mangkat. Sajroné padhamlaku, lintang sing mauné padhadideleng ana ing Wétan, kuwi katonmenèh. Lintang kuwi ndhisiki lakuné,banjur mandheg ana ing ndhuwurépadunungané Sang Bayi.10Bareng weruh lintang mau, para ahlipalintangan padha bungah banget.11Tumuli padha mlebu ing omah laning kono padha weruh Sang Putrakaro Maryam, ibuné. Banjur padhasujud lan nyembah marang Sang Putra.Sawisé mengkono para ahli palintanganmau banjur padha mbukaki pethinéraja-brana, lan nyaosaké pisungsung

MATIUS 2.12–15 7

marang Sang Bayi, arupa mas, menyanlan blendok mur.12Nalika mulih, para ahli palintanganmau padha ora metu ing dalan singmauné diliwati. Sebab padha olèhdhawuh saka Pangéran ing sajronéimpèn, supaya aja padha bali sowan ingngarsané Sang Prabu Hérodès.13Bareng para ahli palintangan wispadha mangkat, nuli ana MalaékatingPangéran ngetingal marang Yusufsajroné impèn. Malaékat mau ngandika:"Tangia, Sang Putra lan ibuné padhaungsèkna menyang tanah Mesir.Manggona ana ing kana nganti aku awèhweruh marang kowé, awit Sang PrabuHérodès bakal nggolèki Sang Putra, arepdisédani."14Yusuf tangi, ing bengi kuwi ugabanjur nggawa Sang Putra lan ibunéngungsi menyang tanah Mesir.15Banjur padha manggon ana ing kononganti sasédané Sang Prabu Hérodès.Mengkono dadiné kelakon temenan apasing wis didhawuhaké déning Pangéranlantaran nabiné, mengkéné: "Sakaing tanah Mesir enggon-Ku nimbaliPutra-Ku."

MATIUS 2.16–21 816Sang Prabu Hérodès duka banget,sebab pirsa yèn diapusi déning para ahlipalintangan saka ing tanah Wétan mau.Panjenengané banjur dhawuh matènisakèhé bocah lanang ing kutha Bètléhèmlan sakiwa-tengené, sing umuré rongtaun sapengisor, manut pétungan wektusing dikandhakaké déning para ahlipalintangan mau.17Mengkono dadiné kelakon temenanapa sing wis tau dingandikakaké déningNabi Yérémia:18 "Ana swara keprungu ing kuthaRama, yakuwi pasambat lan panangis.Rahèl nangisi anak-anaké; lan emohdilipur, awit anak-anaké wis padha mati."19Bareng Sang Prabu Hérodès wis séda,Malaékating Pangéran ngetingal menèhmarang Yusuf sajroné impèn ing tanahMesir.20Malaékat mau dhawuh: "Tangia! SangBayi lan ibuné gawanen bali menyangtanah Israèl, awit wong sing padhangarah sédané Sang Bayi wis padhamati."21Yusuf tangi, Sang Bayi lan Maryambanjur digawa bali menyang tanahIsraèl.

MATIUS 2.22–3.3 922Nanging bareng krungu yèn PangéranArkélaus, putrané Sang Prabu Hérodès,nggentosi ramané jumeneng raja anaing tanah Yudéa, arep mrana Yusuf atinésumelang. Sarèhné Yusuf iya tampadhawuh saka Pangéran ing sajroningimpèn, mulané banjur lunga menyangtanah Galiléa,23banjur manggon ing kutha Nasarèt.Mengkono dadiné kelakon temenan apasing dingandikakaké déning para nabi,yèn Gusti Yésus bakal kasebut "WongNasarèt."

31 Ing nalika semana Nabi YohanesPembaptis rawuh ing ara-ara samun

ing tanah Yudéa, lan memulang ana ingkono.2Pangandikané: "Padha mratobata sakadosa-dosamu, awit sedhéla engkas GustiAllah kersa ngedegaké Kratoné!"3Nabi Yohanes kuwi pancèn wong singwis diweca rawuhé déning Nabi Yésayamengkéné: "Ana wong nguwuh-uwuhing ara-ara samun, ‘Padha nyawisnadalané Pangéran; lencengna lan ratanendalan sing bakal diambah.’"

MATIUS 3.4–10 104Nabi Yohanes kuwi agemané digawésaka wulu unta. Sabuké saka lulang.Sing didhahar walang lan madu alas.5Akèh wong sing marani Nabi Yohanesmau, saka kutha Yérusalèm, saka tanahYudéa lan saka wilayah sakiwa-tengenéKali Yardèn.6Wong-wong mau padha ngakonidosa-dosané, banjur padha dibaptisdéning Nabi Yohanes ing Kali Yardèn.7Uga akèh wong Farisi lan wong Sadukising padha teka marani Nabi Yohanes,nyuwun dibaptis. Nalika Nabi Yohanespirsa wong-wong mau, banjur ngandika:"Kowé anak ula, sapa sing akon kowépadha nyingkiri bebenduné Gusti Allahmarang kowé?8Buktèkna srana kelakuanmu yèn kowéwis mratobat temenan.9Lan aja ngira yèn kowé bisambeneraké awakmu dhéwé ana ingngarsané Gusti Allah srana muni: ‘Akurak tedhak-turuné Abraham.’ Ngertia,yèn Gusti Allah kwaos nganakaké turunéAbraham saka watu-watu iki!10Wadungé wis cumepak kanggo negorwit ing poking oyodé. Saben wit sing ora

MATIUS 3.11–15 11

ngetokaké woh becik, bakal ditegor landibuwang ing geni.11Aku mbaptis kowé nganggo banyukanggo mretandhani yèn kowé wismratobat ninggal dosa-dosamu;nanging Panjenengané kang bakalrawuh sapungkurku, kuwi sing bakalmbaptis kowé srana Roh Suci lan geni.Panjenengané luwih kwasa ketimbangaku. Senajan mung nguculi trumpahéwaé aku ora pantes.12Panjenengané wis ngasta tampahkanggo napèni, lan lesungé bakaldikeludi nganti resik. Berasé bakaldiklumpukaké ana ing lumbung, nangingmrambuté bakal diobong ing geni singora bisa sirep."13Nalika semana Gusti Yésus tindaksaka tanah Galiléa menyang Kali Yardèn.Panjenengané murugi Nabi Yohanes lanmundhut supaya dibaptis.14Nanging Nabi Yohanes menggak,aturé: "Kawula ingkang preluPanjenengan baptis, koksamenikamalah Panjenengan ingkang mundhutkawula baptis."15Nanging Gusti Yésus ngandika: "Wista, bèn waé, awit srana mengkono Aku

MATIUS 3.16–4.4 12

lan kowé padha netepi sing dadi kersanéGusti Allah." Nabi Yohanes nuli nurutikersané.16Sawisé dibaptis, Gusti Yésusmentas saka ing banyu. DumadakanPanjenengané kawenganan langit lanmirsa Sang Roh Suci tumurun kayamanuk dara, nedhaki Panjenengané.17Banjur ana swara saka ing langit: "IkiPutra-Ku, sing Daktresnani, sing gawérenaning penggalih-Ku."

41Sawisé mengkono, Gusti Yésusbanjur katuntun déning Sang Roh

Suci menyang ara-ara samun, supayadigodha déning Iblis.2Ana ing kono Gusti Yésus siyampatang puluh dina patang puluh bengi.Banjur kraos luwé.3 Iblis nuli teka sowan ing ngarsanéGusti Yésus lan matur mengkéné:"Sarèhné Panjenengan menikaPutranipun Allah, mangga séla-sélamenika Panjenengan sabdakaken dadosroti."4Gusti Yésus paring wangsulan: "Wiskatulis ing Kitab Suci: Manungsa kuwiuripé ora mung saka roti waé, nanging

MATIUS 4.5–9 13

saka sakèhing sabda sing didhawuhakédéning Gusti Allah."5 Iblis banjur nggawa Gusti Yésusmenyang kutha Yérusalèm lanmapanaké Panjenengané ana ingwuwunging Pedalemané Allah.6 Iblis nuli matur: "SarèhnéPanjenengan menika PutranipunAllah, sumangga kula aturi anjlog; sebabwonten ing Kitab Suci wonten seratanmekaten: ‘Pangéran bakal ndhawuhipara malaékaté njaga marang kowé,lan kowé bakal dithadhahi ing tanganésupaya aja nganti kena ing watu.’"7Pangandikané Gusti Yésus: "Nanginging Kitab Suci iya ana tulisan mengkéné:‘Kowé aja nyoba marang PangéranAllahmu.’"8Gusti Yésus banjur digawa déningIblis, menyang gunung sing dhuwurbanget. Ana ing kono Gusti Yésusdiaturi mirsani sakèhé kraton ing donyasakamulyané kabèh.9 Iblis banjur matur marang Gusti Yésus:"Sedaya menika kula caosaken dhatengPanjenengan, angger Panjenengan sujudnyembah dhateng kula."

MATIUS 4.10–16 1410Gusti Yésus ngandika: "Wis lungaa,Sétan! Awit ing Kitab Suci wis tinulismengkéné: ‘Pangéran Allahmu sing wajibkoksembah lan mung Panjenengané singwajib kokbektèni!’"11Wusana Iblis banjur lunga sakangarsané Gusti Yésus; malaékat-malaékat tumuli padha sowan ngladosiPanjenengané.12Bareng midhanget, yèn Nabi Yohanesdikunjara, Gusti Yésus banjur nyingkirmenyang tanah Galiléa.13Panjenengané pindhah saka kuthaNasarèt lan dedalem ana ing kuthaKapèrnaum. Kutha kuwi dunungé anaing sapinggiré Tlaga Galiléa, ing tanahZébulon lan Naftali,14 trep karo sing dingandikakaké NabiYésaya, mengkéné:15 "Tanah Zébulon lan tanah Naftali,sing ana ing sauruting dalan menyangtlaga, ing sabrangé Kali Yardèn, tanahGaliléa panggonané bangsa-bangsa liya!16Wong-wong sing padha manggon ingpepeteng wis padha weruh pepadhanggedhé! Pepadhang wis sumunarmadhangi wong-wong sing padha

MATIUS 4.17–22 15

manggon ing tanah sing dikwasanidéning dayaning pati!"17 Ing wektu kuwi Gusti Yésuswiwit mulang, pangandikané: "Padhamratobata ninggal dosa-dosamu, awitsedhéla engkas Kratoné Allah arepdiwiwiti!"18Nalika lagi tindak ing sapinggiringTlaga Galiléa, Gusti Yésus mirsa wongloro, kakang-adhi, yakuwi Simon singkaran Pétrus karo Andréas, adhiné.Wong loro mau lagi padha njala, awitloro-loroné padha tukang njala iwak.19Gusti Yésus ngandika marang wongloro mau: "Padha mèlua Aku, kowé areppadha Dakwarahi dadi tukang njalawong."20Sanalika jalané ditinggal, banjurpadha ndhèrèk Gusti Yésus.21Gusti Yésus banjur nerusaké tindaké,sarta mirsa wong loro menèh, iyakakang-adhi, yakuwi Yakobus lanYohanes, anak-anaké Zébedéus. Wongloro mau karo bapakné lagi ana ing prau,nyulami jalané, banjur padha ditimbalidéning Gusti Yésus.22Sanalika prau lan bapakné ditinggal,nuli padha ndhèrèk Gusti Yésus.

MATIUS 4.23–5.2 1623Gusti Yésus banjur ndlajahi tanahGaliléa. Panjenengané memulang anaing sinagogé-sinagogéc lan martosakéInjil bab Kratoné Allah. Wong lara lanwong cacad padha diwarasaké.24Kabar bab Gusti Yésus kuwi banjursumebar satanah Siria kabèh, ngantiwong akèh padha sowan marangPanjenengané. Wong lara lan wongnandhang kasangsaran rupa-rupa padhadisowanaké, kayata: wong kesurupan,wong lara ayan lan wong lumpuh, kabèhpadha diwarasaké déning Gusti Yésus.25Nalika semono akèh banget wongsing padha ndhèrèkaké Gusti Yésus,ana sing saka tanah Galiléa, ana singsaka kutha Dékapolis, ana sing sakakutha Yérusalèm, saka tanah Yudéa, laniya ana sing saka tanah sabrangé KaliYardèn.

51Bareng Gusti Yésus mirsa wongakèh mau, banjur minggah ing

punthuk. Sawisé lenggah, para muridépadha mapan lungguh ngubengiPanjenengané.2Gusti Yésus tumuli wiwit mulang:

csinagogé: inggih menika papan pangibadahipuntiyang Yahudi.

MATIUS 5.3–11 173 "Begja wong sing rumangsa ringkihana ing ngarsané Pangéran; awit wongsing kaya ngono kuwi sing dadi umatana ing Kratoné Allah.4Begja wong sing prihatin; awit bakalpadha dilipur déning Gusti Allah.5Begja wong sing andhap-asor, awitbakal padha tampa prasetyané GustiAllah.6Begja wong sing kepéngin bangetnglakoni kersané Gusti Allah; awit GustiAllah bakal gawé mareming atiné.7Begja wong sing seneng melasi wongliya; awit bakal diwelasi déning GustiAllah.8Begja wong sing resik atiné; awitbakal wanuh marang Gusti Allah.9Begja wong sing padha senengngrukunaké, awit bakal disebut paraputrané Gusti Allah.10Begja wong sing disiya-siya mergaenggoné nglakoni kersané Gusti Allah;awit wong sing mengkono kuwi sing dadiumat ana ing Kratoné Allah.11Begja kowé menawa diwewada,disiya-siya lan dipitenah merga sakaenggonmu dadi murid-Ku.

MATIUS 5.12–16 1812Para nabi sadurungé kowé iya padhadisiksa kaya mengkono. Padha bungahalan dipadha gembira, sebab gedhéganjaran sing bakal kaparingaké déningGusti Allah marang kowé."13 "Kowé kuwi upamané kaya uyahkanggo nguyahi jagad. Yèn uyah ilangasiné, apa sing kena kanggo mulihakéasiné? Uyah sing mengkono mau wisora ana gunané, mulané mung bakaldibuwang lan diidak-idak déning wong.14Kowé kuwi upamané kaya pepadhangsing dibutuhaké déning wong sajagadkabèh. Kutha sing ana ing ndhuwurgunung kuwi ora kena dialing-alingi.15Lan menèh ora ana wong singnyumed lampu, banjur ditutupinganggo tompo, nanging malah bakalnumpangaké lampu mau ana ing papansing dhuwur, supaya bisa madhangisaben wong sing ana ing omah kono.16Mengkono uga padhangmumadhangana marang wong, supayapadha neksèni penggawému singbecik, temah wong-wong mau padhangluhuraké Ramamu sing ana ingswarga."

MATIUS 5.17–21 1917 "Kowé aja padha ngira, yèn teka-Ku iki arep mbatalaké Torèt, singdiwulangaké Nabi Musa lan paranabi liyané, nanging malah arepnyampurnakaké.18Ngertia, salawasé isih ana langit lanbumi, Torèt mau ora bakal batal, senajanmung titik utawa saaksara waé.19Mulané sing sapa nerak salahsawijining angger-angger mau, senajansing katoné cilik dhéwé, lan mulangakémarang wong liya nglakoni mengkono,iku bakal olèh papan sing asor dhéwéana ing Kratoné Allah. Nanging singsapa nglakoni lan mulangaké kabèhpepakoning Torèt, iku bakal olèh papansing dhuwur ana ing Kratoné Allah.20Mulané éling-élingen: Kowé ora bakalkepétung dadi umat ana ing KratonéAllah, yèn olèhmu nglakoni Angger-anggeré Torèt ora luwih sampurnaketimbang karo sing ditindakaké déningpara ahli Torèt lan para wong Farisi."21 "Kowé padha ngerti yèn leluhur kitadiwulang mengkéné: Kowé aja matèniwong; sing sapa matèni wong kududiadili.

MATIUS 5.22–26 2022Nanging saiki kowé Dakkandhani:Sing sapa nepsoni seduluré, kudu diadili;lan sing sapa misuhi seduluré, iya kududiadili déning Predataning Agama. Lansing sapa ngunèkaké seduluré: ‘Goblog’,wong kuwi kudu dicemplungaké inggeniné nraka.23Mulané yèn kowé pinuju nyaosaképisungsungmu marang Gusti Allah,mangka kowé kèlingan ana sedulur singlara atiné karo kowé,24pisungsungmu tinggalen ingsangareping mesbèh. Wong mauparanana, rukuna dhisik karo dhèwèké,yèn wis banjur balia, nyaosnapisungsungmu.25Yèn ana wong nggugat kowémenyang pengadilan, sajroné lagi padhabebarengan mlaku mrana, kowé ngaraharukun dhisik karo wong sing nggugatmau. Yèn kowé ora ngarah rukundhisik, wong mau bakal ngajokaké kowémarang jeksa lan jeksa bakal masrahakékowé marang polisi. Polisi nuli bakalnglebokaké kowé menyang kunjara.26Élinga, yèn kowé bakal ora bisa metusaka kunjara mau, samasa utangmudurung koksaur nganti lunas."

MATIUS 5.27–32 2127 "Kowé wis padha ngerti piwulang singsurasané: Kowé aja laku jina.28Nanging saiki kowé Dakkandhani:Sing sapa mandeng wong wadon kanthirasa sir, wong mau wis laku jina karowong wadon mau ing sajroning atiné.29Yèn mripatmu tengen marakakékowé gawé dosa, mripat kuwi cukilenlan buwangen! Luwih becik kowékélangan pérangané badanmu salahsiji, ketimbang karo badanmu sekojurkacemplungaké ing nraka.30Yèn tanganmu tengen njalari kowénglakoni dosa, tangan kuwi kethoken,banjur buwangen! Luwih becik kowékélangan tanganmu sesisih ketimbangkaro badanmu sekojur mlebu ing nraka."31 "Uga ana piwulang sing surasané:Sing sapa megat bojoné, kudu awèhlayang pegat.32Nanging saiki kowé Dakkandhani:Sing sapa megat bojoné, mangka bojonémau ora laku jina, kuwi marakaké bojonémau laku jina, yakuwi samangsa singdipegat mau kawin menèh. Lan wongliya sing kawin karo sing dipegat mau,iya banjur katut laku jina."

MATIUS 5.33–39 2233 "Kowé padha ngerti yèn leluhur kitapadha diwulang mengkéné: Kowé ajamblénjani janji. Yèn kowé wis janji karowong nganggo sumpah ing ngarsanéGusti Allah, kudu koktetepi.34Nanging saiki Aku ngandhani kowé:Kowé aja pisan-pisan sumpah. Ajasumpah demi langit, awit langit kuwipalenggahané Gusti Allah.35Utawa demi bumi, awit bumi kuwiancik-anciking sampéyané Gusti Allah;utawa aja demi kutha Yérusalèm, awitkutha Yérusalèm kuwi kuthané SangPrabu.36 Iya aja sumpah demi sirahmu, awitkowé dhéwé ora bisa gawé uwan, saelerwaé ora bisa.37Munia waé ‘Iya’ utawa ‘Ora’. Luwihésaka kuwi pinangkané saka Iblis."38 "Angger-anggeré Nabi Musanyebutaké mengkéné: Sapa singngrusak mripat, kudu genti dirusakmripaté lan sing ngrusak untu, kudugenti dirusak untuné.39Nanging saiki kowé Dakkandhani:Aja males marang wong sing gawé pialamarang kowé. Malah yèn ana wong

MATIUS 5.40–46 23

napuk pipimu tengen, karebèn napukpipimu kiwa pisan.40Lan yèn ana wong ngladèkakékowé marang hakim merga arep njalukkeméjamu, jasmu wènèhna pisan.41Yèn kowé dipeksa wong nggawakakébarangé sakilometer, gawakna ngantirong kilomèter.42Yèn ana wong njaluk apa-apa marangkowé, wènèhana lan aja nulak wong singarep utang marang kowé."43 "Kowé wis padha ngerti piwulangiki: Tresnaa marang kanca-kancamu lansengita marang mungsuhmu.44Nanging saiki kowé Dakkandhani:Padha tresnaa marang mungsuhmu,lan wong sing nganiaya kowé, padhadongakna,45 supaya ketitika yèn kowé kuwi paraputrané Ramamu ing swarga. AwitRamamu maringi padhanging srengéngémarang wong sing becik, nanginguga marang wong sing ala. Ramamumaringi udan marang wong sing nglakonikabecikan lan uga marang wong singnglakoni piala.46Awit yèn kowé mung nresnani marangwong sing tresna marang kowé, apa

MATIUS 5.47–6.3 24

preluné Gusti Allah males penggawémukuwi? Apa wong sing karem bandha ugaora tumindak mengkono?47Lan yèn kowé awèh salammung marang kanca-kancamu waé,kaluwihanmu apa? Wong sing orawanuh marang Gusti Allah rak iya padhatumindak mengkono!48Mulané kowé kudu padha sampurna,kaya Ramamu ing swarga iya sampurna."

61 "Padha élinga! Aja padha nglakonipangibadahmu kanggo paméran

ana ing sangareping wong. Yèn kowétumindak mengkono, kowé ora bakalnampani ganjaran saka Ramamu ingswarga.2Mulané yèn kowé padha dedana,aja kokwartak-wartakaké kaya singditindakaké déning wong lamis. Wonglamis lumrahé nindakaké sing mengkonomau ana ing papan-papan pangibadahlan ing dalan-dalan gedhé, pamrihésupaya dialem déning wong. Élinga,wong-wong sing kaya ngono kuwi wispadha olèh piwalesé penggawéné.3Nanging tumrap kowé, yèn kowédedana, aja nganti wong liya padhangerti enggonmu wèwèh,

MATIUS 6.4–8 254 supaya aja ana wong siji waé ngertienggonmu dedana. Ramamu ing swargapirsa penggawému sing ora diweruhidéning wong; lan Panjenengané bakalparing piwales marang kowé."5 "Yèn kowé ndedonga, aja kaya wonglamis. Wong lamis lumrahé padhandedonga karo ngadeg ing papan-papanpangibadah lan ana ing pinggir dalan,pamrihé supaya katon ing wong. Élinga,wong sing mengkono mau wis padhanampani opahé.6Nanging kowé yèn ndedonga, mlebuaing kamar, lan kancingen lawangé,banjur ndedongaa marang Ramamu singora katon. Panjenengané pirsa apa singkoktindakaké, senajan wong liya orapadha weruh. Ramamu bakal maringiganjaran marang kowé.7Yèn kowé ndedonga, aja kedawankaya adaté wong sing ora wanuh karoGusti Allah. Wong mau padha ngira yènGusti Allah mirengaké pandongané,merga pandongané dawa.8Aja padha niru sing kaya ngonokuwi. Ramamu wis pirsa apa singkokbutuhaké, sadurungé kowé nyuwun.

MATIUS 6.9–15 269Mulané ndedongaa mengkéné: ‘Ramakawula ingkang wonten ing swarga:Asma Paduka ingkang suci mugi dipunurmati déning sedaya tiyang.10Kraton Paduka mugi dipun èstokakendéning sedaya tumitah ing salumahingbumi, kados déné pangrèh wau wontening swarga inggih dipun èstokakendéning para malaékat.11Mugi kawula Paduka paringi rejekiing dinten menika.12Kalepatan kawula mugi Padukaapunten, kados déné kawula inggihngapunten tiyang-tiyang ingkang samidamel kalepatan dhateng kawula.13Kawula mugi sampun ngantosPaduka tégakaken kénging ing godha,nanging mugi Paduka uwalaken sakingpiawon. [Awit Paduka menika ingkangngerèh samukawis, ingkang kagunganpangwaos saha Ratu ingkang mulya ingselaminipun. Amin.]’14Yèn kowé ngapura wong singkeluputan marang kowé, Ramamu ingswarga iya bakal ngapura keluputanmu.15Nanging menawa kowé ora ngapurakeluputané wong liya, Ramamu

MATIUS 6.16–20 27

ing swarga iya ora bakal ngapurakeluputanmu."16 "Yèn kowé padha pasa, ulatmu ajakokgawé suntrut kaya carané wonglamis. Wong-wong mau ulaté digawé-gawé katon lesu, supaya wong kabèhpadha ngerti yèn dhèwèké lagi pasa.Élinga, wong sing mengkono kuwi wispadha nampa piwales ing samesthiné.17Nanging kowé, yèn pasa, raupa lanrambutmu jungkatana,18 supaya ora ana wong sing ngerti yènkowé lagi pasa. Preluné mung Ramamuing swarga sing ora katon, kuwi waésing pirsa apa sing koklakoni, senajanwong liya ora ana sing weruh. LanPanjenengané bakal maringi piwalesémarang kowé."19 "Aja padha nglumpukaké bandha anaing donya. Awit bandha donya kuwi bisarusak déning rayap lan renget, lan kenadicolong maling.20Nanging padha nglumpukna bandhaana ing swarga. Awit ing swarga oraana rayap lan renget sing bisa ngrusakbandha mau, lan maling iya ora bisambabah lan nyolong.

MATIUS 6.21–26 2821Awit ing ngendi dunungé bandhamu,iya ana ing kono dunungé atimu."22 "Mripat kuwi kaya déné lamputumraping badan. Yèn mripatmu waras,badanmu sekojur iya dadi padhang.23Nanging yèn mripatmu cacad,badanmu sekojur iya dadi peteng. Dadiyèn lampu sing ana ing badanmu kuwidadi peteng, méndah kaya apa petengé."24 "Ora ana wong sing bisa ngrangkepngawula bendara loro. Sebab wong maubakal sengit marang bendara sing siji lannresnani marang bendara sijiné. Utawabakal setya marang bendara sing siji lannyepèlèkaké bendara liyané. Semonouga kowé. Kowé ora bisa ngawulamarang Gusti Allah lan uga ngawulamarang Mamon.25Mulané élinga! Aja padhanyumelangaké bab panguripanmu,yakuwi bab apa sing bakal kokpanganutawa kokombé, utawa apa sing bakalkokenggo. Apa urip kuwi ora luwih ajiketimbang karo pangan, lan badanapa ora luwih aji ketimbang karosandhangan?26Coba delengen, manuk-manuk singpadha mabur mrana-mréné, kaé rak

MATIUS 6.27–31 29

ora nyebar wiji, ora ngundhuh, lanuga ora nyimpen panènané ana inglumbung. Éwasemono Ramamu ingswarga ngopèni manuk-manuk mau!Apa kowé ora luwih aji ketimbang karomanuk-manuk kuwi?27Sapa panunggalanmu sing bisanyambung uripé merga sumelang?28Mengkono menèh yagéné kowé padhanyumelangaké bab sandhanganmu?Coba delengen, kembang-kembang singpadha thukul dhéwé ana ing ara-ara.Kembang-kembang kuwi rak padha oranyambut-gawé lan padha ora nenun.29Nanging delengen, senajan SangPrabu Suléman sing sugihé kayangana, éndahing agemané ora kayakembang-kembang kuwi!30Yèn selaginé suket ing ara-ara singdina iki tuwuh sarta sésuk wis dibuwanglan diobong waé direngga semonoéndahé déning Gusti Allah, apa menèhkowé! Dhasaré kowé kuwi cupet ingpengandel.31Aja padha kuwatir lan muni: ‘Singpadha dakpangan mengko apa? Utawasing padha dakombé mengko apa, utawasing padha dakenggo apa?’

MATIUS 6.32–7.2 3032Sing padha ngudi barang-barangmengkono kuwi rak wong-wong singpadha ora wanuh karo Gusti Allah.Ramamu ing swarga rak wis pirsa yènbarang-barang mau kabèh kokbutuhaké.33Mulané sing luwih dhisik kudukokudi yakuwi, kepriyé enggonmubisa mbangun-turut marang pepakon-pepakoné Gusti Allah, kaya déné umatana ing Kratoné. Yèn kowé wis bisamrelokaké prekara kuwi, samubarangkabèh uga bakal diparingaké marangkowé.34Mulané, aja padha kuwatir bab dinasésuk, awit dina sésuk ana karépotanédhéwé. Ngrasakaké karépotané dinasaiki waé wis abot, aja ditambahikarépotané dina sésuk."

71 "Aja padha ngadili wong liya,supaya kowé dhéwé iya ora diadili

déning Gusti Allah.2Awit Gusti Allah ngagem wewatonsing kokenggo ngadili wong liya maukanggo netepaké ala-becikmu. Lanukuran-ukuran sing kokenggo ngukurwong liya, iya ukuran kuwi sing diagemdéning Gusti Allah kanggo ngukur kowé.

MATIUS 7.3–8 313Apa sebabé déné tatal sing ana ingmripaté wong liya, kowé weruh, nangingbalok sing ana ing mripatmu dhéwé,kowé ora weruh?4Kokwani-wanimu ngandhani wongliya: ‘Tatal ing mripatmu dakilangané’,mangka ing mripatmu dhéwé anabaloké?5Dhasaré kowé kuwi wong lamis! Baloking mripatmu kuwi ilangana dhisik,banjur kowé lagi bisa ndeleng klawancetha lan bisa ngilangi tatal sing anamripaté wong liya mau.6Barang sing suci aja kokuncalakényang asu, awit asu mau bakal mingerlan nyander kowé. Lan mutiara ajakokuncalaké nyang babi, jalaran mutiaramau mung bakal diidak-idak."7 "Padha nyenyuwuna marang GustiAllah, temah kowé bakal diparingi.Padha nggolèkana Panjenengané, mesthibakal ketemu. Padha nothoka korinéGusti Allah, temah kowé bakal padhadiwengani.8Awit wong sing padha mantep ingpanyuwun marang Gusti Allah, bakalkaparingan, lan wong sing tansahnggolèki Gusti Allah, bakal ketemu

MATIUS 7.9–14 32

Panjenengané; lan wong sing tansahthothok-thothok ing koriné Gusti Allah,bakal diwengani.9Apa panunggalanmu ana sing dijalukiroti anaké kokmènèhi watu?10Utawa mènèhi ula, yèn anaké njalukiwak?11Senajan kowé alaa kaya apa, kowépadha ngerti mènèhi barang sing becikmarang anak-anakmu. Apa menèhGusti Allah, Ramamu ing swarga.Panjenengané bakal maringi barangsing becik marang saben wong singnyenyuwun marang Panjenengané!"12 "Apa sing kokkarepaké supayaditindakaké déning wong liya marangkowé, kuwi tindakna marang wong mau.Iya kuwi sariné Angger-anggering Torèt,sing diwulangaké déning Nabi Musa lannabi-nabi liyané."13 "Padha mlebua metu lawang singciyut, awit lawang sing amba lan dalansing jembar kuwi anjog ing nraka!Mangka akèh wong sing padha milihdalan mau.14Kosokbaliné lawang sing ciyut landalan sing rumpil, kuwi anjog marang

MATIUS 7.15–21 33

kauripan, lan mung sethithik cacahéwong sing milih dalan kuwi."15 "Padha sing ngati-ati; ana nabi-nabipalsu. Wong-wong mau padha nekanikowé méndha-méndha wedhus gèmbèl,mangka sejatiné asu ajag sing galak.16Ketitiké wong mau saka penggawéné.Apa ana thethukulan eri ngetokakéwoh anggur lan apa ana rerungkudanngetokaké woh ara?17Wit sing waras ngetokaké woh singbecik, lan wit sing geringen ngetokakéwoh sing ala.18Wit sing becik ora bisa ngetokakéwoh sing ala, lan wit sing geringen orabisa ngetokaké woh sing becik.19Saben wit sing ora ngetokaké wohsing becik, ditegor lan diobong.20Mengkono uga kedadéané para nabipalsu mau. Kowé bakal padha bisanitik wong-wong mau saka wohingpenggawéné."21 "Sing dadi umat ana ing KratonéAllah kuwi dudu angger wong sing maturmarang Aku: ‘Gusti, Gusti’, nangingmung wong sing padha nglakoni kersanéRama-Ku ing swarga.

MATIUS 7.22–27 3422 Ing Dina Kiamat bakal akèh wongsing padha matur marang Aku: ‘Gusti,Gusti, kawula rak sampun martosakenpangandikanipun Gusti Allah atasasma Paduka? Lan kawula rak sampunnundhungi dhemit atas asma Paduka,menapa malih sampun damel mujijatkathah atas asma Paduka?’23Nanging Aku bakal mangsuli: ‘Akuora wanuh karo kowé! Padha sumingkirasaka ing kéné, kowé wong sing senenggawé piala!’"24 "Wong sing ngrungokaké lan nglakonipiwulang-Ku, kuwi padha karo wongpinter sing ngedegaké omahé ana ingpadhasan.25Bareng ana udan deres lan ana banjir,sarta ana angin gedhé nempuh, omahmau ora rubuh, awit ngadeg ana ingpadhasan.26Nanging sapa sing ngrungokaképiwulang-Ku, mangka ora nglakoni, kuwipadha karo wong bodho, sing ngedegakéomahé ing lemah pasir.27Bareng ana udan deres lan ana banjir,sarta ana angin gedhé nempuh, omahmau nuli ambruk, lan rusak banget!"

MATIUS 7.28–8.4 3528Bareng Gusti Yésus wis rampungenggoné memulang, wong kabèh padhagumun banget marang piwulangé.29Awit enggoné mulang kanthipangwasa, ora kaya pamulangé ahliTorèt.

81Gusti Yésus mandhap saka inggunung, kadhèrèkaké déning wong

akèh.2 Ing kono ana wong lara kusta. Wongmau sowan lan sujud ing ngarsané GustiYésus, sarta matur: "Gusti, menawiPanjenengan kersa, inggih temtu sagednyarasaken kawula."3Gusti Yésus banjur mulung astané,ndemèk wong mau. Pangandikané: "Ya!Aku kersa. Warasa!" Sanalika iku ugalelarané kusta ilang, lan wong mauwaras.4Gusti Yésus banjur ngandikamarang wong mau: "Poma, bab ikiaja kokkandhakaké marang sapa waé.Sowana marang imam, aturana mriksaawakmu. Sawisé kuwi saosna kurbanmiturut préntahé Nabi Musa, kanggombuktèkaké marang wong-wong, yènkowé wis waras tenan!"

MATIUS 8.5–9 365Nalika Gusti Yésus mlebu ing kuthaKapèrnaum, ana perwira tentara Rumsowan ing ngarsané, sarta nyuwunpitulungané Gusti.6Aturé wong mau: "Gusti, réncangkawula sakit wonten ing griya. Tiyangwau nggluntung ing patileman, lanngraosaken sakit sanget."7Gusti Yésus ngandika: "Iya, AkuDakmrana marasaké."8Nanging aturé perwira mau: "Ah,mbok mboten sisah rawuh piyambak.Kawula mboten pantes nampèni Gustiing griya kawula. Panjenengan kawulaaturi dhawuh kémawon, mangké réncangkawula mesthi saras!9Awit kawula piyambak inggih kedahtundhuk dhateng pengageng kawula.Lan sangandhap kawula inggih wontenrèrèhan prejurit-prejurit ingkang kedahtundhuk dhateng préntah kawula.Menawi kawula akèn dhateng ingkangsetunggal: ‘Lungaa’, piyambakipuninggih késah. Menawi kawula ngundangsanèsipun: ‘Mrénéa’, piyambakipuninggih nunten dhateng; utawi menawikawula akèn réncang kawula: ‘Iki

MATIUS 8.10–14 37

lakonana’, piyambakipun inggihtumunten nglampahi."10Bareng mireng aturé perwira mau,Gusti Yésus gumun banget. Banjurngandika marang wong-wong singndhèrèkaké: "Aku durung tumonpengandel sing semono gedhéné ana ingantarané wong Israèl.11Titènana waé, bakal akèh wongsing teka saka Wétan lan saka Kulonpadha bungah-bungah bebarengan karoBapa Abraham, Iskak lan Yakub ana ingKratoné Allah.12Nanging wong-wong sing samesthinédadi umat ing Kratoné Allah, malahbakal ditundhung lan diukum. Ing konowong-wong mau bakal padha nangis lankrasa keduwung banget."13Gusti Yésus banjur ngandika marangperwira mau: "Wis, muliha. Apa sing dadipengandelmu bakal kelakon." Sanalikaiku uga abdiné perwira mau waras.14Gusti Yésus tindak menyang omahéPétrus. Ing kono Panjenengané mirsaibuné maratuwa Pétrus mau lagi larapanas ana ing peturon.

MATIUS 8.15–20 3815Tangané banjur didemèk, temahanmari larané. Wong mau banjur tangi lanngladosi Gusti.16Nalika ngarepaké peteng akèhwong sing kesurupan dhemit padhadisowanaké ana ing ngarsanéGusti Yésus. Dhemit-dhemit maupadha ditundhungi, cukup mungsrana didhawuhi waé. Semono ugaPanjenengané marasaké wong-wongsing padha lara liyané.17Gusti Yésus nindakaké kuwi maukabèh, supaya kelakon temenan apasing wis dingandikakaké déning NabiYésaya, mengkéné: "Panjenengané wisnyanggi kasangsaran kita lan marasakésakèhing lelara kita."18Nalika mirsa wong akèh ngrubungPanjenengané, Gusti Yésus nuli dhawuhmarang murid-muridé, supaya nyabrangTlaga Galiléa.19Ana ing kono ana sawijining ahli Torètsing sowan lan matur: "Guru, kawulabadhé ndhèrèk Panjenengan dhatengpundi kémawon tindak Panjenengan."20Gusti Yésus ngandika: "Asu ajagpadha duwé rong, lan manuk padhaduwé susuh, nanging Aku, Putraning

MATIUS 8.21–27 39

Manungsa, ora duwé papan kanggonggléthak lan ngaso."21Nuli ana murid liyané sing matur:"Gusti, kawula nyuwun pamit badhéngubur bapak kawula."22Nanging Gusti Yésus ngandika:"Mèlua Aku! Wong mati cikbèn padhangubur panunggalané sing padha mati."23Gusti Yésus banjur minggah ing praulan para muridé padha ndhèrèk.24Ora wetara suwé ing tlaga mauana prahara, nganti prauné diontang-antingaké déning ombak. Nalika semanaGusti Yésus lagi saré.25Para muridé nuli padha marani,mungu Panjenengané, lan padhabengok-bengok: "Gusti, nyuwun tulung!Praunipun badhé kèrem!"26Pangandikané Gusti Yésus: "Yagénékowé padha wedi? Kowé padha cupeting pengandel." Gusti Yésus banjurjumeneng. Angin lan ombak nulididhawuhi supaya sirep. Banjur iya sirep.27Sakèhing wong sing ana ing konopadha gumun. Lan padha muni: "Wongiki sapa ta, déné tekan angin lan ombakbarang kokpadha ngèstokaké dhawuhé!"

MATIUS 8.28–32 4028Gusti Yésus enggoné nyabrangtlaga wis tekan tanah Gadara. Tumulidipethukaké déning wong loro, sing metusaka guwa-guwa kuburan. Wong-wongmau padha kesurupan dhemit, lanmbebayani banget, mulané ora anawong siji-sijia sing wani liwat cedhakkono.29Dumadakan wong-wong singkesurupan dhemit mau padha bengok-bengok: "Kawula badhé Panjenenganmenapakaken, dhuh Putranipun Allah?Menapa Panjenengan sampun badhéngukum kawula? Samenika rak dèrèngwekdalipun?"30Ora adoh saka kono ana pepanthanbabi sing lagi padha golèk pangan.31Dhemit-dhemit mau nuli padha maturmarang Gusti Yésus: "Menawi kawulasami kadhawuhan medal, keparengakawula sami mlebet ing babi-babimenika."32Dhawuhé Gusti Yésus: "Padhametua." Dhemit-dhemit nuli padha metusaka wong-wong sing kesurupan mau,banjur mlebu ing babi-babi. Babi-babikuwi nuli padha njegur saka pinggiring

MATIUS 8.33–9.4 41

jurang menyang tlaga, temahan padhamati kleleb.33Wong sing padha ngengon babibanjur mlayu menyang kutha lannyritakaké lelakon kuwi, uga bab wongloro sing kesurupan dhemit mau.34Wong sakutha kabèh nuli padha metumarani Gusti Yésus. Bareng ketemubanjur padha nyuwun kanthi banget,supaya Panjenengané kersa nilar wilayahkono.

91Gusti Yésus nuli minggah ing prau,banjur nyabrang, kondur menyang

kutha sing didalemi, yakuwi Kapèrnaum.2 Ing kono ana wong lumpuh nggluntunging peturon, digotong menyang ngarsanéGusti Yésus. Bareng pirsa pengandeléwong-wong mau banjur ngandikamarang sing lumpuh: "Atimu sing tatag!Dosa-dosamu wis diapura."3 Ing kono ana ahli Torèt sawetara singpadha rerasanan: "Wong iki nyenyamahGusti Allah!"4Gusti Yésus pirsa rasanané wong-wong mau, mulané banjur ngandika:"Yagéné kowé padha duwé pikiran singala mengkono?

MATIUS 9.5–10 425Gampang endi muni: ‘Dosamuwis diapura’, karo muni: ‘Tangia lanlumakua?’6Aku arep awèh bukti yèn PutraningManungsa duwé pangwasa ngapuradosa." Gusti banjur ngandika marangwong sing lumpuh mau: "Tangia,peturonmu angkaten lan muliha!"7Wong lumpuh mau iya banjur ngadeglan mulih.8Wong akèh sing padha ndeleng lelakonmau banjur padha wedi lan memujimarang Gusti Allah, déné Allah kersamaringi pangwasa semono gedhénémarang manungsa.9Gusti Yésus banjur nglajengakétindaké. Nuli mirsa pegawé pajeg,jenengé Matius, lagi lungguh ingkantoré. Matius didhawuhi: "Mèlua Aku!"Matius banjur ngadeg lan ndhèrèk GustiYésus.10Nalika Gusti Yésus lagi dhahar ingomahé Matius, ana pegawé pajeg lanwong-wong sing dianggep ala déningmasarakat, padha teka lan manganbebarengan karo Gusti Yésus sartamurid-muridé.

MATIUS 9.11–15 4311Ana wong Farisi sawetara sing padhaweruh, banjur padha takon marang paramuridé Gusti Yésus: "Yagéné Gurumukokmangan bebarengan karo pegawépajeg lan wong ala?"12Gusti Yésus mireng pitakonan mau,nuli ngandika: "Wong sing waras orabutuh dhokter. Sing butuh dhokter kuwiwong sing lara.13Surasanen, apa tegesé ayat ing KitabSuci, sing uniné: ‘Kang Dakkersakakédudu kurban, nanging tumindakékatresnan.’ Sebab teka-Ku iki ora kanggowong sing sampurna, nanging kanggowong sing rumangsa dosa."14Sawisé kuwi para muridé NabiYohanes Pembaptis padha sowan ingngarsané Gusti Yésus. Banjur padhanyuwun pirsa: "Kawula lan para tiyangFarisi sami nglampahi pasa, nangingpara murid Panjenengan kokmboten?"15Pangandikané Gusti Yésus: "Kepriyépenemumu? Endi ana tamu ing péstapengantèn kokprihatin, yèn pengantènélanang isih ana ing kono? Mesthi ora!Nanging bakal ana mangsané pengantènlanang lunga saka ing kono. Ing wektuiku para tamu mau bakal padha pasa."

MATIUS 9.16–20 4416 "Ora ana wong nambal sandhanganlawas nganggo bakal sing anyar.Awit tambalan kuwi bakal nyuwèkakésandhangan mau, malah njalari suwèkésaya amba.17Mengkono uga ora ana wong singnyimpen anggur anyar ana ing impessing lawas, sing digawé saka lulang,merga yèn mengkono impes mau mesthibedhah. Angguré bakal wutah lan impeséora kena dienggo menèh. Anggur singanyar kudu disimpen ing impes singanyar uga, supaya loro-loroné tetepapik."18Sajroné Gusti Yésus isih ngandikankaro para muridé Nabi YohanesPembaptis, nuli ana penggedhénésinagogé sowan lan matur: "Anakkawula èstri nembé kémawon tilar-donya. Éwasemanten kawula nyuwun,Panjenengan kersaa rawuh sarta ndemèkpiyambakipun, supados gesang malih."19Gusti Yésus banjur jumeneng lantindak mbarengi wong mau. Para muridéiya padha ndhèrèk.20Nalika semana ana wong wadonsing lara nggrajag getih wis rolas taunlawasé, nyedhaki Gusti saka mburi.

MATIUS 9.21–27 4521Wong mau mbatin: "Angger aku bisandemèk jubahé waé, aku mesthi mari."Wong kuwi banjur ndemèk jubahé GustiYésus.22Nanging Gusti Yésus banjur minger.Bareng mirsa wong wadon mauPanjenengané banjur ngandika: "Singtatag atimu, enggèr! Pengandelmu singmarasaké kowé!" Sanalika wong wadonmau dadi waras.23Tindaké Gusti Yésus wis tekanomahé penggedhéné sinagogé. Ing konoPanjenengané pirsa wong-wong singarep ngunèkaké suling lagu kepatèn, lanwong akèh liyané sing padha tangisan.24Gusti Yésus banjur ngandika: "Padhametua; bocah kuwi ora mati, mung lagituru." Wong-wong mau padha nggeguyuPanjenengané.25Bareng wong akèh mau wis padhametu, Gusti Yésus nuli mlebu ing kamarébocah wadon mau, sarta ngasta tangané.Bocahé banjur gumrégah ngadeg.26Kabar bab lelakon kuwi banjursumebar ing setanah kono kabèh.27Nalika Gusti Yésus tindak sakaing kono, ana wong wuta loro singpadha nututi Panjenengané. Wong-wong

MATIUS 9.28–33 46

mau padha bengok-bengok, aturé:"Tedhakipun Dawud, nyuwun tulung!"28Bareng Gusti Yésus wis mlebet ingdalem, wong wuta mau padha sowaning ngarsané. Banjur didangu: "Apakowé precaya, yèn Aku bisa marasakékowé?" Atur wangsulané wong loro mau:"Inggih, kawula sami pitados."29Gusti Yésus nuli ndemèk mripatéwong wuta loro mau karo ngandika:"Padha kelakona kaya sing dadipengandelmu."30Mripaté banjur padha bisa ndeleng.Sawisé kuwi Gusti Yésus banjurmanti-manti wong-wong mau, supayaaja padha kandha karo sapa waé babprekara mau.31Éwasemono wong loro mau salunganésaka kono nuli padha nyritakaké marangsaben wong ing wilayah kono bab GustiYésus.32Bareng wong wuta loro singdiwarasaké mau wis lunga, ana wongbisu kepanjingan dhemit disowanaké ingngarsané Gusti Yésus.33Sawisé dhemité ditundhung déningGusti Yésus, wong mau bisa caturanmenèh. Wong-wong sing padha ndeleng

MATIUS 9.34–38 47

padha gumun kabèh, ujaré: "Durung tauana lelakon sing mengkéné iki ing tanahIsraèl!"34Nanging wong-wong Farisi padhamuni: "Enggoné nundhung dhemit kuwirak merga olèh pangwasa saka ratunépara dhemit."35Gusti Yésus tumuli tindakndlajahi kutha-kutha lan désa-désa. Panjenengané memulang ingsinagogé-sinagogé, sarta ngumumakébab Dalaning Keslametan tumrap wongdosa, supaya bisa dadi umat ing KratonéAllah. Panjenengané iya marasakéwong-wong sing padha nandhang lararupa-rupa lan sing awaké padha cacad.36Mirsa wong akèh mau Gusti Yésustrenyuh banget penggalihé merga sakawelas. Wong-wong mau katon yèn kesellan ora kopèn; kaya wedhus sing ora anapangoné.37Gusti Yésus banjur ngandika marangpara muridé: "Sing kudu dienèni akèh,nanging wong sing derep mung sethithik.38Mulané padha nyuwuna marang singkagungan panèn, supaya kersa nambahicacahé wong sing derep."

MATIUS 10.1–8 48

101 Ing sawijining dina Gusti Yésusngempalaké muridé rolas. Para

murid mau padha diparingi pangwasanundhungi dhemit, marasaké sakèhinglelara lan sarupaning cacad.2 Jenengé rasul rolas kuwi: Simonsing uga disebut Pétrus lan Andréas,seduluré; Yakobus lan Yohanes, loro-loroanaké Zébedéus.3Filipus lan Bartoloméus, karo Tomas;Matius pegawé pajeg; Yakobus anakéAlféus; Tadéus.4Simon sing diparabi ‘Patriot’; lanYudas Iskariot, sing ngulungaké GustiYésus.5Rasul rolas kuwi nuli diutus déningGusti Yésus kanthi diweling mengkéné:"Aja padha nekani daérahé wong-wong kapir (utawa sing ora nganutagama Yahudi). Lan aja mlebu ingkutha-kuthané wong Samaria.6Nanging padha maranana wong Israèlsing padha mursal.7Padha wulangen yèn Kratoné Allahsaiki wis diwiwiti.8Wong lara padha warasna; wong matipadha tangèkna; wong lara kusta padhamarèkna lan dhemit-dhemit padha

MATIUS 10.9–14 49

tundhungen. Kowé padha olèh pangwasatanpa nganggo mbayar apa-apa. Dadipangwasa mau iya gunakna tanpanganggo bayaran.9Aja padha sangu dhuwit mas, dhuwitslaka utawa dhuwit tembaga.10Lungamu aja padha nggawakanthong kanggo nampani sedhekah,utawa nggawa salin klambi, utawasepatu, utawa teken. Awit wongnyambut-gawé kuwi wis samesthinédicukupi butuhé.11Yèn kowé teka ing sawijining kuthautawa désa, golèka wong sing gelemkokpondhoki. Mondhoka ana ing omahmau nganti salungamu saka kono.12Yèn kowé arep mlebu omahé wong,uluka salam, ‘Muga Gusti Allah mberkahikowé kabèh.’13Yèn wong ing omah kono gelemnampani kowé, salammu bakaltumanduk marang brayat mau. Nangingyèn padha ora gelem nampani kowé,salammu mau bakal bali marang kowémenèh.14Yèn ana omah utawa kutha singwongé ora gelem nampani kowé, utawaora gelem ngrungokaké piwulangmu,

MATIUS 10.15–19 50

lungaa saka panggonan kono lan ketabnalebu sing nèmplèk ana ing sikilmu.15Titènana! Mbésuk ing Dina KiamatGusti Allah bakal ngukum wong-wongsing manggon ana ing kutha-kutha mau,mangka aboté ngungkuli paukumanéwong-wong sing manggon ing kuthaSodom lan Gomora!"16 "Padha gatèkna: Kowé padhaDakutus kaya wedhus ana ing antaranéasu ajag. Mulané sing ngati-ati kaya ula,lan sing barès atimu kaya manuk dara.17Sing waspada marang apa waé,sebab kowé bakal dicekel lan diladèkakémarang pengadilan agama. Kowé bakalpadha disiksa ing papan pangibadahéwong mau.18Lan kowé bakal diajokaké marangsing padha ngasta pangwasa lan marangpara raja, merga saka Aku. Iya kuwiwektumu nglairaké paseksi bab Akumarang para penggedhé mau lan marangpara wong sing padha ora wanuh marangGusti Allah.19Nanging samasa kowé diladèkaké lanarep diadili, aja padha sumelang apasing bakal kokaturaké, utawa kepriyécarané matur. Kuwi kabèh sanalika iku

MATIUS 10.20–25 51

uga bakal kaparingaké déning GustiAllah marang kowé.20Awit sing bakal caturan dudu kowé,nanging Rohé Ramamu, sing ana ingswarga lumantar kowé.21Bakal kelakon ana wong masrahakéseduluré dhéwé supaya dipatèni.Semono uga bapak bakal masrahakéanaké. Anak-anak bakal nglawanbapakné lan ibuné, lan masrahaké wongtuwané mau supaya dipatèni.22Wong kabèh bakal padha sengitmarang kowé merga saka aku. Nangingsing sapa mantep tekan wekasan, bakalslamet.23Yèn kowé dikuya-kuya ana ingsawijining kutha, padha ngungsiamenyang kutha liyané. KowéDakkandhani: Durung nganti kemputolèhmu nglakoni tugasmu dadiutusan ing kutha-kutha Israèl kabèh,weruh-weruh Putrané Manungsa wisrawuh.24Murid mangsa ngluwihana guruné, lanabdi mangsa ngungkulana bendarané.25Tumraping murid wis cukup yèn bisadadi kaya guruné, lan abdi bisa dadikaya bendarané. Yèn sing duwé omah

MATIUS 10.26–32 52

diarani Béèlzebul,d apa menèh brayatésaomah, mesthi diarani luwih ala!"26 "Aja padha wedi marang manungsa.Apa sing ketutupan, bakal kabukak, lanapa sing digawé wadi, bakal kawiyak.27Apa sing Dakkandhakaké marangkowé ana ing petengan, kudukokkandhakaké ana ing padhangan. Lanapa sing dibisikaké ing kupingmu, kuwiwertakna tekan ngendi-endi!28Aja wedi marang wong sing bisamatèni badan. Aluwung wedia marangGusti Allah, sing kwasa matèni badan lannyawamu karo pisan ing nraka.29Manuk glathik loro regané rakora sepiraa? Éwasemono ora ana sijiwaé sing tiba ing lemah, yèn durungdikersakaké déning Ramamu ing swarga.30Mangka kowé kuwi, dalasan rambutsing ana ing sirahmu wis diétung kabèh.31Mulané aja padha wedi! Ana ingngarsané Gusti Allah kowé luwih ajiketimbang karo sakèhing manukglathik."32 "Saben wong sing ngakoni dadimurid-Ku ana ing ngareping umum, iya

dBéèlzebul: inggih menika namanipun Iblis,pengagengipun dhemit-dhemit lan sétan-sétan.

MATIUS 10.33–38 53

bakal Dakakoni ing ngarsané Rama-Kuing swarga.33Nanging sing sapa ing ngarepingumum sélak yèn dadi murid-Ku, wongkuwi iya bakal Daksélaki uga ana ingngarsané Rama-Ku ing swarga."34 "Kowé aja padha ngira, yèn teka-Kunggawa pirukun ana ing jagad. Teka-Kuora nggawa pirukun, nanging malahpasulayan.35Sebab teka-Ku njalari anak lanangcrah karo bapakné, anak wadon crahkaro ibuné lan mantu wadon crah karoibuné maratuwa.36Lan sing bakal dadi mungsuh singgedhé dhéwé, yakuwi para wong kangnunggal saomah.37Sing sapa nresnani bapa utawabiyungé nganti ngungkuli tresnanémarang Aku, kuwi ora patut dadimurid-Ku. Lan sing sapa nresnani anakélanang utawa anaké wadon ngungkulitresnané marang Aku, kuwi ora patutdadi murid-Ku.38Sing sapa ora gelem mikul salibésarta nurut tuladha-Ku, kuwi ora patutdadi murid-Ku.

MATIUS 10.39–11.2 5439Sing sapa ngéman uripé, kuwi malahbakal kélangan uripé, nanging sing sapakélangan uripé merga saka enggonédadi murid-Ku, kuwi malah bakal lestariurip."40 "Sing sapa nampani kowé, kuwi uganampani Aku. Lan sing sapa nampaniAku, kuwi iya nampani Sang Rama ingswarga, sing ngutus Aku.41Sing nampani wong utusané GustiAllah, bakal tampa ganjaran kaya singdiparingaké marang utusané GustiAllah. Lan sing sapa nampani wong,merga wong mau mursid, bakal tampaganjarané wong mursid.42Lan sing sapa awèh ngombé marangsalah sawijiné wong cilik iki, mergaenggoné dadi murid-Ku, senajan mungbanyu adhem secangkir waé, wongkuwi mesthi bakal tampa ganjaran sakaRama-Ku ing swarga."

111Sawisé rampung enggonémaringi piweling marang para

muridé rolas, Gusti Yésus banjur tindakmemulang lan martosaké Injil ana ingkutha-kutha kono.2Nabi Yohanes sing nalika semana anaing pakunjaran, mireng pawartos bab

MATIUS 11.3–7 55

pakaryané Gusti Yésus. Nabi Yohanesnuli ngutus muridé sawetara sowanmarang Gusti Yésus, supaya nyuwunpirsa mengkéné:3 "Menapa Panjenengan menika ingkangbadhé rawuh, kados ingkang dipunngandikakaken déning para nabi?Menapa kawula taksih kedah ngentositiyang sanèsipun?"4Gusti Yésus mangsuli: "Padha balia,aturna marang Nabi Yohanes apa singkokrungu lan kokdeleng:5Wong wuta padha bisa ndeleng,wong lumpuh padha bisa mlaku, lanwong lara kusta padha kawarasaké;wong budheg bisa ngrungu, wong matipadha diuripaké, lan wong mlarat padhakawartanan Injil.6Begja wong sing precaya marang Akutanpa mangu-mangu!"7Sapungkuré para muridé NabiYohanes, Gusti Yésus banjur ngandikamarang wong akèh sing lagi padha anaing kono bab Nabi Yohanes Pembaptis,mengkéné: "Kowé padha marani NabiYohanes ana ing ara-ara samun padhaarep ndeleng apa? Apa arep ndelengglagah sing kena ing angin?

MATIUS 11.8–12 568Apa sejatiné sing kepéngin kokdeleng?Apa wong sing nganggo sandhanganmentèrèng? Wong sing padha nganggosandhangan mentèrèng kuwi manggonéana ing kraton!9Apa sejatiné sing kepéngin kokdeleng,yèn kowé padha marani Nabi YohanesPembaptis? Apa arep ndeleng nabi?Iya pancèn! Nabi Yohanes kuwi malahngungkuli nabi!10Sebab iya Nabi Yohanes kuwi singdisebut ana ing Kitab mengkéné:Pangandikané Gusti Allah: ‘Iki utusan-Ku. Aku ngutus utusan-Ku ndhisikilakumu, supaya ngrata dalan sing bakalkokambah.’11Padha titènana! Sajagad iki oraana wong sing ngungkuli Nabi YohanesPembaptis. Senajan mengkono wongsing pangkaté cilik dhéwé ana ingKratoné Allah iku ngluwihi Nabi YohanesPembaptis.12Wiwit nalika Nabi Yohanes Pembaptismemulang, tekan sepréné, KratonéAllah kuwi dilawan déning wong-wongsing padha ngudi ngwasani nganggorodha-peksa.

MATIUS 11.13–19 5713Piwulangé Agama Yahudi singdiwulangaké déning Nabi Musa lanpara nabi liyané nganti satekané NabiYohanes Pembaptis, kabèh mecakakébab Kratoné Allah.14Déné yèn kowé gelem precayamarang piwulang mau, ngertia yèn NabiYohanes Pembaptis kuwi iya Nabi Élia,sing rawuhé wis diweca.15Sing sapa duwé kuping padhangrungokna!16Wong-wong jaman saiki arepDakupamakaké apa? Kaya bocah-bocahsing padha dolanan ana ing pasar;sing sakrompol celuk-celuk marangkrompolan liyané:17 ‘Aku wis nyuling lagu pengantèn,yagéné kowé kokpadha ora njogèd? Lanaku wis ngidungaké kidung kepatèn,nanging kowé kokpadha ora nangis?’18Nabi Yohanes sing tekané nganggopasa lan ora ngombé anggur, diarani:‘Wong kesurupan sétan!’19Saiki Aku, Putrané Manungsa singteka nganggo mangan lan ngombé,diunèkaké: ‘Delengen wong kuwi! Wongnggragas, seneng endem-endemanlan kancané wong durjana.’ Nanging

MATIUS 11.20–23 58

Gusti Allah kuwi wicaksana, lankawicaksanané mau dibuktèkaké sranawohing pakaryané."20Sawisé mengkono, Gusti Yésus nutuhmarang kutha-kutha sing padha oramratobat, senajan Gusti Yésus enggonédamel mujijat sing akèh dhéwé ana ingkutha-kutha mau.21Pangandikané: "Cilaka kowé, kuthaKhorazim! Lan cilaka uga kowé, kuthaBètsaida! Sebab saupama mujijat-mujijat sing Daktindakaké ana ingtengah-tengahmu kuwi kelakon anaing kutha Tirus lan Sidon, wong-wonging kana mesthi wis biyèn-biyèn padhamratobat lan nggetuni dosané.22Padha titènana mbésuk ing DinaKiamat; paukuman tumrap kutha Tiruslan kutha Sidon bakal luwih ènthèngketimbang karo paukuman tumrapkowé!23Lan kowé kutha Kapèrnaum! Apakowé bakal disengkakaké tekan ingswarga? Ora! Kowé malah bakaldibuwang ing nraka. Awit saupama ingkutha Sidon dianakaké mujijat-mujijatkaya sing kelakon ana ing tengah-

MATIUS 11.24–28 59

tengahmu, kutha Sidon mesthi isihlestari tekan sepréné.24Nanging kowé Dakkandhani: ‘Mbésuking Dinané Kiamat, wong-wong ingkutha Sodom bakal luwih diwelasi déningGusti Allah ketimbang karo kowé!’"25Nalika semana Gusti Yésus saospanuwun marang Gusti Allah, aturé:"Dhuh Rama, Gustinipun langit lan bumi!Kawula ngaturaken agenging panuwun,déné bab menika sedaya Paduka damelwados tumrap tiyang-tiyang pinter lanpara sarjana. Nanging tiyang-tiyangingkang mboten gadhah kawruh, Padukaparingi sumerep.26 Inggih mekaten Rama, pamilih lankeparengipun kersa Paduka."27 "Samubarang kabèh wis dipasrahakémarang Aku déning Rama-Ku. Lan oraana wong sing wanuh marang SangPutra, kejaba Sang Rama. Semono ugaora ana sing wanuh marang Sang Rama,kejaba Sang Putra lan wong-wong singdiwanuhaké déning Sang Putra marangSang Rama.28Padha mrénéa, kowé sing padhasayah merga mikul abot. Kowé bakalDakparengaké ngaso.

MATIUS 11.29–12.4 6029Dhawuh-Ku lakonana lan pitutur-Kugatèkna, atimu mesthi bakal ayem,merga Aku iki alus ing budi lanandhap-asor.30Awit dhawuh-Ku kuwi ora angèl lanmomotan-Ku mau ènthèng."

121Nalika mbeneri dina Sabbat,Gusti Yésus tindak ngliwati

pategalan gandum. Para rasul padhakrasa luwé, mulané padha methiki wulèngandum, nuli padha dipangan.2Bareng wong Farisi weruh, nuli padhamatur marang Gusti Yésus: "Para muridPanjenengan sami nerak angger-angger,awit sami nglampahi prekawis ingkangdipun awisi ing dinten Sabbat."3Gusti Yésus ngandika: "Apa kowépadha ora maca ing Kitab Suci, bab apasing ditindakaké déning sénapati Dawudnalika panjenengané lan wong-wongépadha keluwèn?4Panjenengané mlebu ing PedalemanéAllah, banjur nedha roti sing dicaosakémarang Gusti Allah. Semono uga parawong sing ndhèrèkaké panjenengané.Mangka miturut prenatané AgamaYahudi, sénapati Dawud lan wong-wongémau ora kena mangan roti kuwi; awit

MATIUS 12.5–11 61

sing kena mangan roti kuwi mung paraimam.5Apa kowé padha ora maca ingprenatané Agama sing diparingakédéning Nabi Musa, yakuwi yèn sabendina Sabbat para imam kang ana ingPedalemané Allah satemené padha nerakprenataning dina Sabbat. Éwasemonotindaké para imam kuwi ora salah.6Kowé Dakkandhani: Ing kéné ana singngluwihi Pedalemané Allah.7 Ing Kitab Suci ana tulisan: ‘SingDakkersakaké kuwi kawelasan, dudukurban.’ Yèn kowé ngerti temenantegesé tulisan mau, kowé mesthi orabakal nyalahaké wong-wong sing bener.8Amarga Putrané Manungsa kuwi iyasing kagungan dina Sabbat."9Gusti Yésus banjur tindak saka ingkono menyang sinagogé.10 Ing kono ana wong sing tangané cékosiji. Ana wong sawetara sing pancènnedya arep nggolèki salahé Gusti Yésus.Wong mau padha matur marang GustiYésus: "Menapa kénging nyarasakentiyang ing dinten Sabbat?"11Pangandikané Gusti Yésus: "Menawaing antaramu ana sing duwé wedhus

MATIUS 12.12–17 62

siji, lan wedhusé mau kacemplunging luwangan pinuju dina Sabbat, apasing duwé wedhus mau ora nuli setiarngentasaké wedhusé mau saka ingluwangan?12Apa manungsa kuwi ajiné orangungkuli wedhus? Mulané kena waénulungi wong ing dina Sabbat."13Nuli ngandika marang wongsing tangané céko mau: "Tanganmuathungna!" Wong céko mau tumulingathungaké tangané, lan tangan kuwinuli waras kaya tangan sijiné.14Wong Farisi tumuli padha metu, sartapadha rembugan enggoné arep nyédaniGusti Yésus.15Bareng Gusti Yésus mireng babniyaté wong Farisi enggoné arep padhanyédani Panjenengané, banjur tindaksaka ing kono. Akèh wong sing padhandhèrèkaké. Kabèh wong sing lara padhadiwarasaké.16Nanging kabèh padha diwanti-wantiaja padha nyritakaké marang wong liyabab Panjenengané.17Srana mengkono kelakon temenanpangandikané Gusti Allah lantaran NabiYésaya, sing mengkéné:

MATIUS 12.18–24 6318 "Iki abdi-Ku, pilihan-Ku. Wong singDakkasihi, sing ndadèkaké senengingati-Ku. Roh-Ku bakal Dakparingakéabdi-Ku iki. Sing bakal martakakékaadilan-Ku marang sakèhing bangsa.19Abdi-Ku bakal ora gelem tukar paduutawa gembar-gembor, utawa sesorahing sedalan-dalan.20Glagah sing pepes ora bakal dicoklèk,lan senthir sing urubé melip-melip orabakal dipatèni. Abdi-Ku bakal tansahngudi nganti olèh kaadilan.21 Iya abdi-Ku iki sing dadi pengarep-arepé para bangsa."22Nuli ana wong sing nyowanaké wongwuta sing uga bisu lan kepanjingandhemit, marang Gusti Yésus. Wongwuta mau nuli diwarasaké, nganti bisaguneman lan bisa ndeleng.23Wong kabèh padha gumun bangetsarta padha muni: "Apa Panjenenganékuwi dudu tedhaké Sang Prabu Dawudsing wis diweca bakal rawuh?"24Bareng wong Farisi padha krungugunemané wong-wong mengkono kuwi,banjur mangsuli: "Wong kuwi bisanundhung dhemit, sebab diwènèhi

MATIUS 12.25–29 64

pangwasa déning Béèlzebul, ratuné paradhemit."25Gusti Yésus mirsa pikiranépara wong Farisi mau. Mulané nulingandika: "Negara sing rakyaté padhacecongkrahan, ora bakal lestari. Lankutha sing padha memungsuhan sijikaro sijiné, mesthi bubrah kabèh.26Semono uga ing kratoné Iblis; yèndhemit sing siji nundhung dhemit liyané,kuwi ateges yèn kratoné Iblis wis bubrahlan ora bakal lestari.27Kandhamu, Aku nundhung dhemitmerga diwènèhi pangawasa déningBéèlzebul. Yèn mengkono para muridmusing nudhungi dhemit kuwi olèhpangawasa saka ngendi? Para muridmudhéwé mbuktèkaké yèn penemumu kuwisalah!28Aku nundhung dhemit srana RohéGusti Allah, sing maringi pangwasamarang Aku, kuwi ateges yèn KratonéAllah wis ana ing tengah-tengahmu.29Bisané wong mlebu ing omahé wongsing rosa lan ngrampas bandhané, singduwé omah mau kudu dibanda dhisik.Yèn wis, lagi bisa ngrampas barangékabèh.

MATIUS 12.30–35 6530Sapa sing ora ngrujuki Aku, kuwiateges nglawan marang Aku. Lansapa sing ora mèlu Aku ngumpulakéwong-wong, kuwi ateges mbuyaraké!31Kowé Dakkandhani: Sakèhé dosa lanpenyamahé wong marang Sang Ramabakal diapura!32Nanging sapa sing nyenyamahmarang Roh Suci kuwi ora bakal diapura!Yèn ana wong sing madoni marangPutrané Manungsa, wong kuwi bakaldiapura. Nanging wong sing madonimarang Sang Roh Suci, kuwi babar-pisanora bakal diapura, dadia ing jaman saiki,dadia ing akérat."33 "Supaya metokaké woh sing becik,uwité kudu becik. Yèn uwité ora becik,wohé uga ora becik. Ala beciké uwitketitik saka wohé.34Hé, kowé anak ula! Kepriyé bisamungucapaké barang sing becik, yèn atimudhéwé ala? Awit apa sing diucapakédéning lambé, kuwi metu saka ing ati.35Wong becik mono metokaké barang-barang sing becik saka gémbolaningatiné sing becik. Déné wong ala,metokaké barang-barang sing ala saka

MATIUS 12.36–41 66

gémbolaning atiné sing ala, awit wongkuwi pancèn trahé wong ala.36Mulané padha diéling: ana ingDina Kiamat, saben wong bakal dituntuttanggung jawabé tumrap saben tembungkang tanpa guna sing tau diucapaké.37Sebab dhedhasar tembungmudhéwé, kowé bakal katetepaké, benerapa luput."38Nalika semana ana ahli Torèt lanwong Farisi padha matur marang GustiYésus: "Guru, kawula sami kepénginsumerep mujijat saking Panjenengan."39Pangandikané Gusti Yésus: "Alatemen lan gedhé temen durakané wongjaman saiki. Lan kowé njaluk supaya Akugawé mujijat? Ora prelu! Kejaba mujijatsing dialami Nabi Yunus.40Padha kaya Nabi Yunus ana ingwetengé iwak telung dina telung bengi,mengkono uga Putrané Manungsa bakalana ing kubur telung dina telung bengi.41Mbésuk ing Dina Kiamat, wong-wongkutha Ninewé bakal padha katangèkakélan nggugat marang kowé. Awit wong-wong mau wis padha mratobat sakadosané, nalika Nabi Yunus nglantaraképangandikané Gusti Allah marang wong

MATIUS 12.42–45 67

Ninewé mau. Mangka satemené sing anaing kéné iki ngluwihi Nabi Yunus!42Mbésuk ing Dina Kiamat Putri SangRaja saka tanah Kidul bakal katangèkakésarta nggugat kowé. Awit Putri Sang Rajakuwi keraya-raya rawuh saka negarasing adoh banget saprelu mirengaképiwulangé Sang Prabu Suléman.Mangka satemené sing ana ing kéné iki,ngungkuli Sang Prabu Suléman!"43 "Yèn dhemit wis metu saka ing wong,banjur nglembara golèk papan ing tanahcengkar lan suwung, arep dienggoni.Nanging ora nemu,44mulané muni mengkéné: ‘Akudakmbalèni omah sing wis daktinggal.’Sawisé tekan ing omah mau, omahétinemu suwung, malah wis disaponi resiklan ditata apik.45Dhemit mau banjur lunga ngundangdhemit pitu liyané, sing luwih alaketimbang dhèwèké. Nuli padhamlebu, sarta manggon ana ing kono.Dadiné wong sing kepanjingan menèhmau, alané ngluwihi sing uwis. Kayamengkono kuwi sing bakal kelakontumrap wong-wong ala ing jaman saiki."

MATIUS 12.46–13.2 6846Nalika Gusti Yésus lagi ngandikakaro wong akèh mau, ibu lan sedhèrèk-sedhèrèké padha ana ing njaba,kepéngin ketemu karo Panjenengané.47Banjur ana wong sing maturmarang Gusti Yésus: "Guru, ibu lansedhèrèk-sedhèrèk Panjenengan samiwonten njawi, kepéngin kepanggihPanjenengan."48Gusti Yésus banjur ngandika, "Ibu-Kusapa, lan sedulur-sedulur-Ku sapa?"49Karo nudingi para muridé, GustiYésus ngandika: "Iki ibu-Ku lansedulur-sedulur-Ku!50Awit sing sapa nglakoni kersanéRama-Ku sing ana ing swarga, iyakuwi sedulur-sedulur-Ku lanang lansedulur-sedulur-Ku wadon sarta ibu-Ku."

131 Ing dina kuwi uga Gusti Yésustindak saka omah mau menyang

ing pinggiring tlaga, lan lenggah ana ingkono.2Nuli ana wong akèh padha tekangrubung Panjenengané. Saka akèhéwong mau, Gusti Yésus nuli minggah ingprau lan lenggah ana kono. Déné wongakèh mau padha ngadeg ana ing pesisir.

MATIUS 13.3–10 693Gusti Yésus banjur mulang babprekara rupa-rupa srana pasemon.Pangandikané: "Ana wong tani nyebarwiji.4Wiji mau ana sing tiba ing saurutingdalan, banjur dicucuki manuk.5Ana sing tiba ing lemah padhas,sing lemahé tipis. Wiji-wiji mau iya nulithukul.6Nanging bareng srengéngé sayadhuwur, winih mau banjur alum, dadigaring lan mati, awit oyodé ora jero.7Ana menèh wiji sing tiba ana ingsatengahé thethukulan eri. Barengthethukulané eri mau saya gedhé, winihmau kelindhih, temahan mati.8Nanging iya ana sing tiba ing lemahsubur, temahan padha metokaké woh;ana sing wohé tikel satus, ana sing tikelsewidak, lan ana sing tikel telung puluh."9Gusti Yésus tumuli mungkasi piwulangmau srana ngandika: "Sapa sing duwékuping, padha ngrungokna."10Para muridé Gusti Yésus tumulipadha sowan ing ngarsané lan nyuwunpirsa: "Menapa sebabipun déné Gustimenawi mulang tiyang kathah kokmawipasemon?"

MATIUS 13.11–15 7011Gusti Yésus ngandika: "Wis dadikersané Gusti Allah supaya mung kowésing nyumurupi wewadining KratonéSwarga, dudu wong akèh mau.12Sebab wong sing wis duwé, kuwibakal kaparingan nganti lubèr. Nangingwong sing ora duwé, apa saduwèkémalah bakal kapundhut.13Kuwi sebabé Aku yèn mulang wongakèh nganggo pasemon. Awit senajanmripaté padha ndeleng, wong kuwibakal ora weruh, lan senajan kupingépadha ngrungu, nanging bakal padhaora ngerti.14Srana mengkono kelakon temenanapa sing diweca déning Nabi Yésaya,mengkéné: ‘Kowé bakal bola-balikrungu, nanging ora ngerti; kowé bakalbola-bali ndeleng, nanging ora sumurup.15Awit bangsa iki ndableg; lan kupingébudheg sarta mripaté merem dhipet.Sebab yèn ta ora mengkono mripatémesthi weruh lan kupingé krungu, lanpikirané banjur ngerti, nuli padha tekamarani Aku, lan mratobat, temahanpadha Dakwarasaké, mengkonopangandikané Gusti Allah.’"

MATIUS 13.16–22 7116Gusti Yésus banjur ngandika marangpara muridé: "Begja kowé, sebabmripatmu weruh lan kupingmu krungu.17Ngertia! Akèh para nabi lan parawong mursid sing padha kepénginndeleng apa sing padha kokdeleng,nanging ora kelakon ndeleng, lan padhakepéngin krungu apa sing kokrungu,nanging ora kelakon krungu."18 "Padha ngrungokna tegesé pasemonbab wong nyebar wiji mau.19Yèn ana wong sing padha krungupiwulang bab Kratoné Allah, nangingora ngerti, Iblis banjur teka lan ngrebutpiwulang sing disebar ing atiné. Kuwiibaraté wiji sing disebar lan tiba ingsauruting dalan.20Déné wiji sing disebar lan tibaing tanah padhas, kuwi ibaraté wongsing padha ngrungokaké, nuli precayamarang piwulang mau klawan bungah.21Nanging pangandika mau durungrumesep temenan ing atiné. Barengnemahi kasusahan lan panganiayamerga saka enggoné precaya mau, wongmau tumuli murtad.22Déné wiji sing tiba ing satengahéthethukulan eri, kuwi ibaraté wong-wong

MATIUS 13.23–26 72

sing padha ngrungokaké pangandika lanprecaya, nanging banjur padha sumelangbanget, yèn merga pangandika maubanjur ora bisa ketutugan karepéenggoné arep urip mubra-mubru anaing donya kéné. Mulané pangandika singkasebar mau ora ngetokaké woh ingwong mau.23Déné pangandika sing kasebar ingtanah subur, kuwi ibaraté wong singpadha ngrungokaké pangandika mau lanprecaya kanthi mantep. Mulané wongmau ngetokaké woh akèh, ana sing tikelsatus, ana sing tikel sewidak, lan anasing tikel telung puluh."24Gusti Yésus ngandikakaké pasemonsiji menèh marang wong akèh.Pangandikané: "Kratoné Allah kuwi kenadiibarataké wong tani sing nyebar wijibecik ana ing pategalané.25Nanging ing wayah bengi, nalikawong-wong lagi padha turu, satrunéwong tani mau teka lan nyebaralang-alang ing tengahé gandum, nulilunga.26Bareng gandumé thukul lan metuwulèné, alang-alangé iya banjur katon.

MATIUS 13.27–32 7327Para buruhé wong tani mau tumulipadha mara sarta matur: ‘KadosipunBapak rumiyin nyebar wiji gandumingkang saé wonten ing tegil menika.Samenika kokkebak alang-alang?’28Wong tani mau banjur mangsuli:‘Kuwi penggawéné satru.’ Para buruhmau nuli matur: ‘Menapa kersanipunBapak, alang-alangipun kula jabutikémawon?’29Wangsulané wong tani mau: ‘Aja,sebab yèn kowé njabuti alang-alangé,bisa uga gandumé katut kejabut.30Bèn waé alang-alangé thukul barengkaro gandumé, nganti wektuné panèn.Aku bakal ngandhani sing padha derep:Alang-alangé klumpukna dhisik, nulitalènana lan obongen. Lagi sawisé kuwigandumé enènana, lan simpenen inglumbungku.’"31Ana menèh pasemon singdiwulangaké déning Gusti Yésusmarang wong akèh, mengkéné: "KratonéAllah kuwi kena diibarataké wiji sawising cilik banget, sing ditandur wong anaing pategalané.32Wiji sawi kuwi cilik banget, nangingyèn wis thukul, godhongé ngungkuli

MATIUS 13.33–36 74

tanduran janganan liya-liyané. Malahdadi wit; nganti manuk-manuk padhateka gawé susuh ana ing wit mau."33Ana pasemon liyané menèh singdiparingaké déning Gusti Yésus marangwong akèh, mengkéné: "Kratoné Allahkuwi kena diibarataké ragi sing dijupukdéning wong wadon, nuli dicarubaké ingglepung trigu telung kobokan, ngantiragi mau mrasuk rata ing glepungé."34Sakèhé prekara ing dhuwur maudiwulangaké déning Gusti Yésus marangwong akèh srana pasemon.35Mengkono kelakon temenan,pangandikané para nabi mengkéné:"Aku bakal ngandika marang wong-wongkuwi klawan pasemon; Aku bakalnuduhaké prekara-prekara sing digawéwadi wiwit saka dumadiné jagad."36Sawisé wong akèh mau padhadidhawuhi bubar, Gusti Yésus banjurkondur. Para muridé tumuli padhasowan lan matur: "Kawula sami nyuwunkeparenga Panjenengan nerangaken babpasemon alang-alang ingkang thukul ingantawisipun gandum wau."

MATIUS 13.37–43 7537Gusti Yésus banjur mangsuli,pangandikané: "Wong sing nyebar wijising becik, yakuwi Putrané Manungsa.38Déné pategalané kuwi jagad. Wijibecik sing thukul, kuwi para umating Kratoné Allah. Alang-alang, kuwiwong-wong sing padha dadi balané Iblis.39Déné sing nyebar wiji alang-alang,kuwi Iblis. Mangsa panèn, kuwiwekasané jaman; lan sing padha derep,malaékat.40Kaya déné alang-alang banjurdiklumpukaké lan diobong ing geni,mengkono uga mbésuk ing PungkasaningJaman.41Putrané Manungsa bakal ngutus paramalaékaté, kadhawuhan nglumpukakésamubarang sing marakaké wong padhagawé dosa, lan nglumpukaké sakèhingwong sing nindakaké kadursilan, kapisahsaka ing Kratoné Allah.42Wong mau kabèh bakalkacemplungaké ana ing pawonsing murub; ing kono bakal padhanandhang panyiksa lair lan batin.43Nanging wong sing padha nglakonikersané Gusti Allah, bakal padhamencorong kaya srengéngé ana ing

MATIUS 13.44–49 76

Kratoné Allah. Mulané wong sing duwékuping, padha ngrungokna!"44 "Kratoné Allah kuwi kena diibaratakéraja-brana sing kependhem ingpalemahan, sing ditemu déning wong,banjur diurugi menèh. Saka bungahé,wong mau banjur lunga ngedol darbèkékabèh, nuli bali lan nuku palemahanmau."45 "Kratoné Allah kuwi uga kenadiupamakaké kaya déné wong dagangsing golèk mutiara-mutiara sing larangregané.46Bareng wis nemu mutiara sing adidhéwé, sanalika wong mau lunga ngedolisabarang duwèké, kanggo nuku mutiarasing adi dhéwé mau."47 "Kratoné Allah kuwi kaya upamanéjala, sing ditibakaké ing tlaga lan olèhiwak rupa-rupa.48Bareng jala mau wis kebak, banjurditarik menyang dharatan déningpara nelayan. Nelayan-nelayan banjurlungguh milihi iwak-iwak mau: Sing apikdiwadhahi, lan sing ala dibuwang.49Kaya mengkono uga kaananéing Pungkasaning Jaman. Malaékat-

MATIUS 13.50–54 77

malaékat bakal misahaké para wong alasaka ing antarané para wong mursid.50Sawisé mengkono wong-wong alamau bakal dibuwang, lan kacemplungakéing pawon sing murub. Ana ing konowong-wong mau bakal padha nangis lannggeget untu."51Gusti Yésus banjur ndangu marangpara muridé: "Kowé apa padha ngertitegesé pasemon kuwi mau kabèh?"Wangsulané sing padha didangu:"Inggih, sampun mangertos."52Gusti Yésus banjur nerusakéngandika: "Mulané saben ahli Torèt singwis dadi umat ing Kratoné Allah, kuwikena diupamakaké tuwan-rumah singngetokaké barang-barang sing pengaji,sing anyar lan sing lawas, saka inggudhangé."53Sawisé rampung enggoné maringaképasemon-pasemon mau, Gusti Yésusnuli tindak saka ing kono,54kondur menyang kutha Nasarèt.Ana ing kana Panjenengané memulanging sinagogé. Wong-wong sing padhangrungokaké padha gumun banget,sarta padha rerasanan: "Wong kuwiolèhé kawicaksanan sing kaya mengkono

MATIUS 13.55–14.3 78

iku saka endi? Lan saka endi enggonéolèh pangwasa nganti bisa gawé mujijat?55Apa kuwi dudu anaké si tukang kayu?Apa dudu anaké Maryam, lan seduluréYakobus, Yusuf, Simon lan Yudas?56Lan sedulur-seduluré wadon rakkabèh ana ing kéné? Saka endi enggonéolèh kuwi mau kabèh?"57Temahan wong-wong padha nampikmarang Gusti Yésus. Gusti Yésusnuli ngandika marang wong-wongmau: "Sing jeneng nabi kuwi ana ingngendi-endi kajèn, kejaba ana ing papanasalé lan ing omahé dhéwé."58Mulané Gusti Yésus ing kutha Nasarètkono ora nindakaké mujijat akèh, jalaranwong ing kono padha ora precayamarang Panjenengané.

141Nalika semono Sang PrabuHérodès, raja ing tanah Galiléa,

mireng pawartané bab Gusti Yésus.2Sang Prabu banjur ngandika marangpara punggawané: "Ora liya iki mesthiNabi Yohanes Pembaptis, sing uripmenèh! Kuwi sebabé wong iki duwékasektèn kaya mengkono."3 Iya Sang Prabu Hérodès iki singbiyèn dhawuh nyekel Nabi Yohanes,

MATIUS 14.4–8 79

banjur diblenggu sarta dilebokaké ingpakunjaran.4Enggoné Sang Prabu tumindakmengkono mau, merga Nabi Yohanestansah ngémutaké Sang Prabumengkéné: "Panjenengan dalemmboten kénging mundhut garwaSang Putri Hérodias! Menika nerakAngger-anggering Agami!" Hérodiaskuwi garwané Pangéran Filipus, rayinéSang Prabu Hérodès.5Mula Sang Prabu Hérodès kepénginnyédani Nabi Yohanes, nanging wedikaro wong akèh, sebab wong-wong maunganggep yèn Yohanes kuwi nabi.6Nanging kacrita, nalika lagi anapahargyan dina wiyosané Sang PrabuHérodès, putri putrané Hérodias mbeksaana ing satengahing pahargyan. Enggonémbeksa mau nengsemaké banget ingpenggalihé Sang Prabu,7nganti panjenengané kelair janjinébakal maringi apa waé sing disuwunputri mau.8Wasana merga wis diajani kang ibu,putri mau banjur munjuk: "Keparengakawula nyuwun sirahipun Yohanes

MATIUS 14.9–14 80

Pembaptis samenika ugi, kaparingna ingbaki menika!"9Nalika mireng panyuwun kuwi SangPrabu Hérodès sedhih banget. Nangingmerga wis janji ana ing ngareping wongakèh,10Sang Prabu banjur utusan prejurit,supaya nigas guluné Nabi Yohanes anaing pakunjaran.11Sirahé banjur digawa ana ing baki,katampakaké marang putri mau, singbanjur ngaturaké baki mau marang kangibu.12Para muridé Nabi Yohanes banjurpadha teka ngukup layoné, nulidisarèkaké. Sawisé kuwi banjur padhasowan marang Gusti Yésus ngaturakélelakon mau.13Bareng midhanget pawarta babsédané Nabi Yohanes mau, Gusti Yésusbanjur tindak saka ing kono piyambakan,nitih prau menyang panggonan sing sepi.Nanging wong-wong padha ngerti arepmenyang endi tindaké. Mulané banjurpadha mlaku nusul Panjenengané.14Bareng Gusti Yésus mandhapsaka prau lan mirsa wong akèh mau,

MATIUS 14.15–20 81

penggalihé trenyuh, merga saka welasé.Wong sing lara nuli padha diwarasaké.15Bareng wis soré, para muridé nulipadha sowan lan matur: "Samenikasampun sonten, mangka panggènanmenika sepen. Langkung prayogi menawiPanjenengan ndhawuhi tiyang-tiyangmenika késah tumbas tedha wonten ingdhusun-dhusun."16Nanging Gusti Yésus ngandika: "Orasusah padha dikon lunga. Kowé waépadha mènèhana pangan."17Para murid nuli padha matur: "Kawulanamung sami gadhah roti gangsal lanulam kalih."18Dhawuhé Gusti Yésus: "Gawanenmréné, wènèhna Aku."19Gusti Yésus banjur dhawuh, supayawong akèh mau padha lungguh ingpasuketan. Gusti Yésus banjur tumengaing langit lan matur nuwun marang GustiAllah. Roti lan iwak tumuli diberkahi,banjur dicuwil-cuwil lan diparingakémarang para murid, sing banjurngedum-edumaké marang wong akèhmau.20Wong akèh nuli padha mangan ngantiwareg. Sawisé mangan, para murid

MATIUS 14.21–27 82

banjur nglumpukaké sisané roti lan iwak,nganti olèh rolas wakul kebak.21Sing padha mangan mau cacahéwetara wong limang èwu, ora kapétungwong wadon lan bocah-bocah.22Sawisé kuwi Gusti Yésus banjurdhawuh marang para muridé, supayanunggang prau, ndhisiki nyabrang tlaga;déné wong akèh mau padha kadhawuhanmulih.23Sawisé wong akèh mau padha lunga,Gusti Yésus banjur minggah ing gumukpiyambakan, arep ndedonga. Bengi kuwiPanjenengané piyambakan ana ing kono.24Nalika semono para murid wis ana ingtengah tlaga. Prauné montang-mantingditempuh déning ombak, merga anginénampek.25Kira-kira jam telu bengi Gusti Yésusnusul para muridé, tindak napak ingbanyu.26Bareng para murid weruh ana wongteka napak ing banyu, nuli padha wedibanget. Saka wediné padha jerit-jerit:"Ana memedi!"27Nanging nuli padha dingandikanidéning Gusti Yésus: "Sing tatag. Iki Aku.Aja wedi!"

MATIUS 14.28–35 8328Pétrus banjur matur: "Gusti, menawièstu Panjenengan, kersaa dhawuhsupados kawula murugi Panjenenganmlampah napak ing toya."29Dhawuhé Gusti Yésus: "Iya, mrénéa."Pétrus banjur mudhun saka ing prau,mlaku napak ing banyu, marani GustiYésus.30Nanging bareng Pétrus krasasantering angin ing tlaga mau, dadiwedi lan wiwit ambles. Pétrus nulibengok-bengok: "Gusti, nyuwun tulung!"31Gusti Yésus énggal-énggal mulungastané, nyepeng Pétrus. Pangandikané:"Cupet temen pengandelmu! Yagénékowé kokmangu-mangu?"32Sekaroné banjur munggah ing prau.Anginé nuli mendha.33Para murid sing ana ing prau maunuli padha sujud, nyembah marangGusti Yésus, karo matur: "Panjenenganmenika saèstu Putranipun Allah."34Sawisé nyabrang, Gusti Yésus lanpara muridé banjur padha tekan tanahGénésarèt.35Bareng wong-wong ing kono padhaweruh yèn sing rawuh kuwi Gusti Yésus,banjur padha ngabari wong-wong ing

MATIUS 14.36–15.5 84

wilayah kono kabèh. Sakèhé wong larabanjur padha disowanaké Gusti Yésus.36Wong-wong mau padha matur,keparenga mung ndemèk gombyokingjubahé waé. Kabèh sing padha ndemèk,padha dadi waras.

151 Ing sawijining dina ana wongFarisi lan ahli Torèt saka kutha

Yérusalèm padha sowan ing ngarsanéGusti Yésus, sarta matur mengkéné:2 "Kénging menapa para muridPanjenengan sami nerak adat tata-caranipun para leluhur? Menawi badhénedha kokmboten sami wisuh tanganrumiyin?"3Gusti Yésus paring wangsulan:"Yagéné kowé dhéwé kokiya padhanerak angger-anggeré Gusti Allah mungmerga kepéngin netepi adat tata-caranéleluhurmu?4Sebab Gusti Allah ngandika:‘Ngajènana bapa-biyungmu’, lan menèh:‘Sing sapa ngipat-ipati bapa lan biyungékudu diukum pati.’5Nanging kowé padha mulangmengkéné: ‘Yèn wong wis kandha karowong tuwané: Barang gadhahan kulaingkang kanggé ngopèni panjenengan,

MATIUS 15.6–12 85

sampun kula saosaken dhateng GustiAllah, wong kuwi banjur ora diwajibakéngopèni bapa lan biyungé menèh.’6Dadiné kowé wis padha ngrèmèhaképangandikané Gusti Allah, merga netepiadat tata-carané leluhurmu.7Kowé trahé wong lamis! Cocog bangetkaro pamecané Nabi Yésaya ing ngatasékowé:8 ‘Wong-wong iki enggoné ngurmati Akumung srana lambéné, déné atiné adohsaka Aku.9Tanpa guna enggoné padhangabekti marang Aku, sebab prenatan-prenataning agama sing diwulangakékuwi satemené mung gawéanémanungsa!’"10Gusti Yésus nuli ndhawuhi wong-wong padha nyedhak, banjurdipangandikani mengkéné: "Padharungokna lan padha lebokna ing atimu!11Sing marakaké wong dadi jember,kuwi dudu apa sing mlebu ing cangkem,nanging apa sing metu ing cangkem."12Para muridé Gusti Yésus nulipadha sowan sarta matur: "MenapaPanjenengan pirsa, bilih pangandika

MATIUS 15.13–19 86

Panjenengan wau damel sakitingmanahipun para tiyang Farisi?"13Gusti Yésus ngandika: "Sakèhingthethukulan sing ora ditandur déningRama-Ku ing swarga, bakal dibedhol.14Wong Farisi kuwi ora susah kokrèwès.Kuwi panuntun-panuntun sing wuta.Yèn wong wuta nuntun wong wuta,loro-loroné bakal padha kacemplung ingkalèn."15Pétrus banjur matur: "KersaaPanjenengan maringi ketrangan babpasemon menika wau!"16Pangandikané Gusti Yésus: "Apakowé iya durung padha ngerti?17Apa kowé padha ora ngerti yènsamubarang sing mlebu ing cangkem,kuwi parané menyang ing weteng,banjur diwetokaké menèh saka badan?18Nanging apa sing metu saka ingcangkemé wong, kuwi asalé saka ingatiné; iya kuwi sing gawé jemberingwong.19Awit iya saka ing ati kuwi asalépikiran-pikiran sing ala, sing marakakéwong mematèni, laku jina, cabul,ngrampog, ngapusi lan mitenah.

MATIUS 15.20–25 8720Prekara-prekara mengkono kuwi singgawé jembering wong. Nanging manganora nganggo wisuh dhisik, kuwi ora gawéjembering wong."21Gusti Yésus banjur tindak saka ingkono menyang panggonan ing cedhakékutha Tirus lan kutha Sidon.22Nuli ana wong wadon bangsa Kenaankono teka, sowan ing ngarsané GustiYésus kanthi nguwuh-uwuh: "Gusti,tedhakipun Sang Prabu Dawud, kulamugi Panjenengan welasi! Anak kulaèstri kesurupan dhemit, mesakakensanget."23Nanging Gusti Yésus ora paringwangsulan babar-pisan. Para muridébanjur padha nyedhaki Gusti Yésussarta matur: "Gusti! Tiyang menikakadhawuhana késah kémawon,ketimbang terus bengak-bengokngetutaken kita!"24Pangandikané Gusti Yésus: "Akudiutus marani wong-wong Israèl singpadha ketriwal."25Senajan Gusti Yésus wis ngandikamengkono, éwasemono wong wadonmau meksa isih nyedhaki Gusti, banjur

MATIUS 15.26–31 88

sujud ing ngarsané lan matur: "Gusti,kula nyuwun tulung."26Nanging Gusti Yésus ngandika:"Ora samesthiné, yèn wong njupukpanganané anaké, diwènèhaké marangasu."27 "Kesinggihan Gusti," wangsulanéwong wadon mau, "nanging senajansegawon rak inggih angsal nedha tirahansaking méjaning bendaranipun?"28Gusti Yésus banjur ngandikamarang wong mau: "Ibu, gedhé temenpengandelmu. Kelakona apa singkokkarepaké!" Sanalika iku uga anakéwong wadon mau waras.29Gusti Yésus nuli nilar papan kono,sarta tindak ing sauruting pasisiré TlagaGaliléa. Banjur minggah ing gumuk sartalenggah ana ing kono.30Wong akèh nuli padha teka nggawawong pincang, wong wuta, wonglumpuh, wong bisu lan akèh wong laraliyané. Wong-wong mau dipapanakéana ing sacedhaké sampéyané GustiYésus. Gusti Yésus iya nuli marasakéwong-wong mau.31Wong akèh sing padha ana ing konokabèh padha gumun banget, sebab

MATIUS 15.32–36 89

padha ndeleng wong bisu bisa caturan,wong pincang mari pincangé, wonglumpuh padha bisa mlaku, lan wongwuta padha bisa ndeleng. Wong akèhmau nuli padha memuji marang Allahébangsa Israèl.32Gusti Yésus nuli nimbali para muridlan dingandikani: "Aku mesakaké karowong akèh iki. Wis telung dina enggonéngetutaké Aku, mangka saiki wis ora anasing dipangan. Aku ora mentala akonwong kuwi mulih kanthi weteng luwé,mengko mundhak padha ambruk anaing dalan."33Para murid banjur padha matur:"Kadospundi enggèn kawula sagedtumbas tetedhan ing panggènan ingkangsepen mekaten, cekap kanggé tiyangsemanten kathahipun?"34Pangandikané Gusti Yésus: "Kowépadha duwé roti pira?" Aturé para murid:"Wonten roti pitu lan ulam alit-alitsawetawis."35Gusti Yésus nuli ndhawuhi wong akèhmau supaya padha lungguh ing lemah.36Sawisé mengkono Gusti Yésusbanjur mundhut roti pitu lan iwak-iwakmau, nuli saos sokur marang Gusti

MATIUS 15.37–16.2 90

Allah. Roti-roti lan iwak-iwak mau nulidicuwil-cuwil, banjur diparingaké marangpara muridé. Déné para murid mau nulingedum-edumaké marang wong akèhmau.37Wong kabèh padha mangan ngantiwareg. Sawisé kuwi para murid nulinglumpukaké sisané roti lan iwak. Akèhénganti pitung rinjing kebak.38Cacahé wong lanang sing padhamèlu mangan ana patang èwu, durungkepétung wong wadon lan bocah-bocah.39Sawisé kuwi Gusti Yésus banjurndhawuhi wong-wong mau supayapadha mulih. Panjenengané piyambaknitih prau, tindak menyang wilayahMagadan.

161Kacrita ana wong Farisi lanwong Saduki padha sowan ing

ngarsané Gusti Yésus, arep nyobamarang Panjenengané. Wong-wong maupadha nyuwun, supaya Gusti Yésus kersadamel mujijat, kanggo mbuktèkaké yènPanjenengané kuwi utusané Gusti Allah.2Gusti Yésus ngandika: ["Yèn sorélangité katon abang sumilak, kowékandha: ‘Iki bakal terang.’

MATIUS 16.3–8 913Déné yèn ésuk langité katon abanglan mendhung, kowé kandha: ‘Mengkobakal udan.’ Kowé padha bisa ngramaltekané udan lan terang srana ndelengtandha-tandha sing ana ing langit,nanging tandha-tandhané jaman kowépadha ora ngerti!"]4 "Kowé wong ala lan wong durakaarep nyuwun pretandha. Ora bakalkaparingan, kejaba pretandhané NabiYunus." Sawisé ngandika mengkonoGusti Yésus banjur nilar wong-wongmau.5Nalika para muridé Gusti Yésus tekaning sabrangé tlaga, lagi padha kèlinganyèn ora nggawa roti.6Gusti Yésus ngandika: "Padha diawasbab raginé wong Farisi lan wong Saduki."7Bareng krungu pangandikané GustiYésus mau, para murid padha rasanan:"Panjenengané ngandika mengkono kuwimesthiné merga kita padha ora nggawaroti."8Gusti Yésus pirsa apa sing padhadirembug. Mulané banjur ngandika:"Yagéné kowé padha rerasanan babenggonmu ora nggawa roti? Kowé wongsing cupet ing pengandel.

MATIUS 16.9–14 929Apa kowé padha ora kèlingan rotilima sing Dakcuwil-cuwil kanggo mènèhimangan wong limang èwu kaé? Pirangwakul sisané sing kokklumpukaké?10Lan roti pitung iji sing kanggowong patang èwu kaé? Apa kowé yawis lali? Pirang rinjing sisané singkokklumpukaké?11Yagéné kowé kokora ngerti yèn singDakkarepaké dudu roti kuwi? Mulané‘padha diawas bab raginé wong Farisi lanwong Saduki.’"12Wekasané para muridé Gusti Yésuspadha ngerti apa sing dikersakaké.Gusti Yésus dhawuh supaya padhawaspada; dudu ragi sing dienggo gawéroti, nanging supaya padha waspada babpiwulangé para wong Farisi lan wongSaduki.13Gusti Yésus tindak menyang wilayahsacedhaké kutha Kaisaréa Filipi. Ingkono Panjenengané ndangu marangpara muridé: "Miturut kandhané wong,Putraning Manungsa kuwi sapa?"14Para murid padha mangsuli: "Wonteningkang mestani Panjenengan menikaNabi Yohanes Pembaptis. Wonteningkang mestani Nabi Élia. Wonten malih

MATIUS 16.15–20 93

ingkang mestani Nabi Yérémia, utawisalah setunggaling nabi."15Gusti Yésus banjur ndangu: "Lha yènmiturut kowé dhéwé, Aku iki sapa?"16Simon Pétrus mangsuli:"Panjenengan menika Sang Kristus,Putranipun Allah ingkang gesang."17 "Begja kowé, Simon bin Yunus,"pangandikané Gusti Yésus, "Awit dudumanungsa sing mendharaké marangkowé bab kuwi, nanging Rama-Ku singana ing swarga.18Mulané kowé Dakkandhani: Kowékuwi Pétrus. (Tembung ‘Pétrus’, tegesé:watu karang) lan ana ing watu karang ikiAku bakal ngedegaké pasamuwan-Ku,sing ora bakal bisa ditelukaké, senajandéning pati pisan!19Kowé bakal Dakpasrahi kunciningKratoné Allah. Apa sing koktalèni anaing bumi kéné, bakal ditalèni uga anaing swarga. Lan apa sing kokuculi anaing bumi kéné, kuwi uga diuculi ana ingswarga."20Sawisé kuwi Gusti Yésus banjurdhawuh marang para muridé, supaya ajakandha-kandha marang sapa waé, yènPanjenengané kuwi Sang Kristus.

MATIUS 16.21–25 9421Wiwit nalika kuwi, Gusti Yésusmblakakaké marang para muridé,mengkéné: "Aku kudu lunga menyangkutha Yérusalèm lan bakal dianiayadéning para penggedhé, parapengareping imam lan para ahliTorèt. Aku bakal dipatèni, nanging ingtelung dinané bakal katangèkaké!"22Pétrus nuli nggèrèd Gusti Yésusnyisih lan matur marang Gusti Yésus,aturé: "Gusti Allah nebihna Panjenengansaking prekawis menika. Panjenenganmboten pisan-pisan badhé ketamaningkang kados mekaten menika!"23Nanging Gusti Yésus mbalik sartangandika marang Pétrus: "Sumingkira,Iblis! Kowé ngalang-alangi Aku.Pikiranmu kuwi pikirané manungsa;dudu apa sing dikersakaké déning GustiAllah!"24Sawisé kuwi Gusti Yésus banjurngandika marang para muridé: "Menawaana wong arep ndhèrèk Aku, kuwi kudunyingkur awaké dhéwé, banjur ngangkatsalibé lan ngetutaké Aku.25Awit wong sing ngudi nylametakéuripé, kuwi bakal kélangan uripé.Nanging wong sing kélangan uripé

MATIUS 16.26–17.2 95

ing donya kéné merga saka enggonéndhèrèk Aku, kuwi bakal ngalami uripsing sejati lan langgeng.26Apa gunané yèn wong ndarbènibarang sadonya kabèh, nangingkélangan uripé sing sejati? Mesthiora ana gunané. Urip kuwi ora kenadilirokaké karo barang apa waé!27Putrané Manungsa ora suwé menèhbakal rawuh ngagem kamulyanéKang Rama, kadhèrèkaké déning paramalaékaté; ing kono Panjenenganébakal ngganjar saben wong miturutpenggawéné dhéwé-dhéwé.28Titènana! Panunggalanmu iki anasing ora bakal mati, yèn durung ndelengPutrané Manungsa rawuh jumenengRaja."

171Nem dina sawisé kuwi GustiYésus ngajak Pétrus lan Yakobus,

tuwin Yohanes seduluré Yakobus mau,munggah ing gunung sing dhuwur. Mungwong telu kuwi sing ndhèrèk.2Nalika lagi padha nyawang GustiYésus, Panjenengané malih rupa:Pasuryané sumunar kaya srengéngé lanagemané katon putih gilap mawa cahya.

MATIUS 17.3–8 963Para murid telu mau nuli padha weruhNabi Musa lan Nabi Élia ngendikan karoGusti Yésus.4Pétrus banjur matur marang GustiYésus: "Gusti! Wonten ing ngriki kitasami remen saèstu! Menawi Gustimarengaken, kawula badhé ngedegakentarub tiga; setunggal kagem Gusti,setunggal kagem Nabi Musa lansetunggalipun malih kagem Nabi Élia."5Sajroné Pétrus lagi matur, ana mégasing padhang banget tumurun ngemuliwong-wong sing padha ana ing kono, lanbanjur ana swara saka sajroning mégamau, ngandikané: "Iki Putra-Ku kinasih,sing gawé renaning penggalih-Ku. Padharungokna!"6Bareng para muridé Gusti Yésusngrungu swara mau, temahan padhawedi banget, nganti padha sumungkeming bumi.7Nanging Gusti Yésus nyelaki paramuridé mau sarta njawil, dhawuhé:"Padha ngadega. Aja padha wedi!"8Bareng padha ngadeg, sing katonmung kari Gusti Yésus piyambak lan oraana wong liyané menèh.

MATIUS 17.9–14 979Nalika padha mudhun saka inggunung, Gusti Yésus meling marangpara muridé: "Poma, apa sing kokdelengmau aja kokkandhakaké karo sapawaé, sadurungé Putrané Manungsakawungokaké saka ing séda."10Para murid mau padha nyuwun pirsamarang Gusti Yésus: "Kénging menapapara ahli Torèt sami criyos, bilih Nabi Éliabadhé dhateng rumiyin?"11Pangandikané Gusti Yésus: "PancènNabi Élia rawuh dhisik lan panjenenganébakal nyawisaké samubarang kabèh.12Nanging kowé Dakkandhani, yènNabi Élia wis rawuh, mung waéwong-wong padha ora wanuh marangpanjenengané; malah panjenenganédigawé sewenang-wenang. Kayamengkono uga wong-wong kuwi bakaltumindak sewenang-wenang marangPutrané Manungsa."13Wusana para murid padha ngerti yènNabi Élia, sing dikersakaké déning GustiYésus, kuwi Nabi Yohanes Pembaptis.14Bareng Gusti Yésus lan para muridéwis padha bali ana ing panggonanéwong akèh menèh, ana wong sowan ingngarsané, banjur sujud lan matur:

MATIUS 17.15–20 9815 "Gusti, anak kawula mugiPanjenengan welasi. Piyambakipunsakit ayan. Sesakitipun menika sampunsanget, ngantos larénipun asring dhawahing latu utawi wonten ing toya.16Sampun kawula bekta dhatengpara murid Panjenengan, nanging samimboten saged nyarasaken."17Gusti Yésus ngandika: "Kowé kuwiwong sing padha cupet ing pengandellan keblinger. Pira lawasé enggon-Kuisih kudu ana ing antaramu. Pira lawaséenggon-Ku isih kudu nyabari kowé?Bocah kuwi gawanen mréné!"18Gusti Yésus banjur nundhung dhemitsing nyurupi bocah kuwi. Dhemité iyanuli metu lan bocahé waras sanalika.19Sawisé kuwi para muridé GustiYésus nuli padha marani Panjenenganépiyambakan, banjur padha matur:"Sebab menapa kawula sami mbotensaged nundhung dhemit menika?"20Pangandikané Gusti Yésus: "Mergasaka kuranging pengandelmu. Delengen!Saupama kowé duwé pengandel singgedhéné mung sawiji sawi waé, kowébisa akon marang gunung iki: ‘Pindhahamrana!’, mesthi gunung mau bakal

MATIUS 17.21–25 99

pindhah; lan ora ana barang sing mokaling ngatasé kowé.21 [Nanging dhemit sing kaya ngéné ikinundhungé mung srana pandonga lanpasa.]"22Nalika para muridé Gusti Yésus lagipadha ngumpul ing tanah Galiléa, GustiYésus ngandika marang para murid maumengkéné: "Ora suwé menèh PutranéManungsa bakal diulungaké marangwong-wong,23 sarta bakal disédani, nanging ing dinasing kaping teluné bakal ditangèkakémenèh." Mulané para muridé padhasusah banget.24Bareng padha mlebu ing kuthaKapèrnaum, wong-wong sing narikipajeg kanggo Pedalemané Allah padhamarani Pétrus lan takon: "MenapaGuru panjenengan inggih mbayar pajegkanggé Pedalemanipun Allah?"25Wangsulané Pétrus: "Inggih."Nalika Pétrus bali — sadurungé Pétrusmatur apa-apa — Gusti Yésus ndhisikingandika: "Simon, panemumu kepriyé?Sapa sing kudu mbayar béya utawapajeg marang raja ing donya kéné?Kawulané apa wong liya?"

MATIUS 17.26–18.5 10026Wangsulané Pétrus: "Inggih tiyang-tiyang sanès." Gusti Yésus ngandikamenèh: "Dadiné rak dudu para kawula?27Nanging kita aja gawé laraning atinéwong kuwi. Lungaa menyang tlaga,mancinga. Iwak sing kokpancing kenadhisik dhéwé kuwi cekelen. Ing jerocangkemé, kowé bakal nemu dhuwit.Jupuken, bayarna marang wong-wongmau, kanggo Aku lan kowé."

181 Ing nalika semana para muridéGusti Yésus padha sowan ing

ngarsané sarta nyuwun pirsa: "Sintentiyang ingkang pinunjul piyambakwonten ing Kratonipun Allah?"2Gusti Yésus banjur nimbali bocah ciliksiji, didhawuhi ngadeg ing ngarepé paramurid.3Gusti nuli ngandika: "Ngertia! Menawakowé ora mratobat lan ora dadi kayabocah cilik iki, kowé ora bisa ngrasakakéKratoné Allah ana ing uripmu.4Wong sing pinunjul dhéwé ing KratonéAllah kuwi wong sing ngasoraké awakélan dadi kaya bocah cilik iki.5Lan sing sapa nampani bocah cilik singkaya ngéné iki krana Aku, kuwi Aku singditampani."

MATIUS 18.6–9 1016 "Sing sapa njalari salah sawijiningbocah cilik sing precaya marang Akunganti nyingkur Aku, luwih becik yènwong kuwi guluné dibandhuli watupenggilingan lan diceguraké ing segarasing jero.7 Iba cilakané jagad iki, déné anapanggodha nganti njalari ana wongnglakoni dosa. Prekara-prekara singmengkono kuwi pancèn selawasé bakalana, nanging cilaka, wong sing dadijalarané.8Yèn tanganmu utawa sikilmu dadijalarané kowé gawé dosa, kethoken lanbuwangen. Sebab luwih becik tumrapingkowé urip nunggil karo Gusti Allah tanpatangan sesisih utawa tanpa sikil sesisih,ketimbang karo tanganmu lan sikilmukaro-karoné ganep, nanging awakmusekojur kacemplungaké ing geniningnraka.9Lan yèn mripatmu sing njalari kowégawé dosa, cukilen lan buwangen. Sebabluwih becik kowé urip nunggil karo GustiAllah klawan mripat siji, ketimbang karokacemplungaké ing geni nraka klawanmripat sing isih ganep.

MATIUS 18.10–15 10210Awas! Kowé aja ngrèmèhaké salahsiji saka panunggalané bocah-bocahcilik iki. Ngertia, para malaékatébocah-bocah cilik kuwi tansah padhangadhep Rama-Ku ing swarga.11 [Sebab rawuhé Putrané Manungsakuwi prelu nylametaké wong singkesasar!]"12 "Kepriyé penemumu? Upamané anawong duwé wedhus satus, banjur ana sijising ketriwal, apa sing bakal ditindakakédéning wong mau? Apa wong mau orabanjur ninggal wedhusé sing sangangpuluh sanga ana ing pangonan, nulilunga nggolèki wedhus siji sing ketriwalmau?13Déné yèn bisa nemokaké wedhussing ilang kuwi, mesthi wong mau luwihbungah ing ngatasé wedhus siji kuwi,ketimbang karo wedhus sangang puluhsanga sing ora ketriwal.14Mengkono uga Ramamu ing swargaora ngersakaké yèn panunggalanébocah-bocah cilik kuwi ana siji waé singketriwal."15 "Yèn sedulurmu duwé keluputan,paranana lan tuduhna luputé. Kuwitindakna klawan sesidheman, ijèn

MATIUS 18.16–20 103

padha ijèn. Yèn sedulurmu mau nggugutembungmu, ateges kowé bathi, awit orakélangan sedulur.16Nanging yèn wong mau ora gelemmanut marang pituturmu, ngajaka wongsiji utawa loro engkas. Sebab ing KitabSuci katulis, yèn saben pandakwa kududikuwataké déning seksi loro utawa telu.17Déné yèn wong sing keluputan mauora manut marang pituturé wong-wongkuwi, prekarané banjur aturna marangpasamuwan. Déné yèn sawisé kuwimeksa ora manut marang pituturépasamuwan, wong kuwi anggepen wongkapir utawa juru mupu béa."18 "Padha élinga! Apa sing koktalèni anaing donya kéné, uga bakal kataléna anaing swarga. Lan apa sing kokudhari anaing donya kéné, uga bakal kaudharanana ing swarga.19Lan iya élinga: Yèn ana wong loropanunggalanmu sing saiyeg ndedonganyuwun apa waé, pandonga mau bakaldikabulaké déning Ramamu ing swarga.20Sebab samasa ana wong loro utawatelu padha kumpul bebarengan klawannyebut jeneng-Ku, Aku uga ana ingkono."

MATIUS 18.21–27 10421Sawisé kuwi Pétrus banjur sowaning ngarsané Gusti Yésus lan matur:"Gusti, menawi sedhèrèk kawulawongsal-wangsul damel kalepatandhateng kawula, ngantos kaping pintenenggèn kawula kedah ngapunten?Menapa ngantos kaping pitu?"22Gusti Yésus ngandika: "Ora mungping pitu, nanging nganti ping pitungpuluh kaping pitu!23Sebab Kratoné Allah kuwi kaananékaya pasemon iki: Raja sing nganakakéétang-étangan karo abdiné.24Bareng dianakaké pepriksan, anaabdi sing disowanaké. Abdi mau utangépirang-pirang yuta.25Mangka wong mau ora bisa nyaur.Mulané sang raja dhawuh supaya abdikuwi diedol saanak-bojoné lan sabarangdarbèké kabèh, kanggo nglunasi utangé.26Abdi mau tumuli sujud sumungkeming ngarsané raja mau, sarta matur:‘Gusti, mugi kersaa nyabari kawula.Sedaya sambutan kawula badhé kawulalunasi.’27Sang Prabu mesakaké, nganti wongmau diluwari lan utangé kabèh dililakaké.

MATIUS 18.28–34 10528Nanging saunduré saka kono, abdimau kepethuk karo kancané padhaabdi, sing duwé utang marang dhèwèkésawetara èwu. Kancané mau nuli dicekellan ditekak guluné, karo muni: ‘Saurenutangmu!’29Kancané mau nuli ngasih-asih njalukpiwelas: ‘Kula aturi sabar sawetawis.Sambutan kula badhé kula lunasisedaya.’30Nanging abdi mau ora ngrèwèsmarang sambaté kancané. Malahkancané mau nuli dilebokaké ingpakunjaran, nganti salunasé utangé.31Nalika abdi-abdi liyané padha ngertilelakon mau, padha sedhih banget,banjur padha ngaturaké marang SangPrabu.32Sang Prabu nuli nimbali abdi sing alaatiné mau lan didukani: ‘Kowé iki wongsing jahat banget! Aku wis nglilakakéutangmu kabèh sing semono akèhé,merga saka panyuwunmu.33Apa ora wis samesthiné kowé melasikanca-kancamu padha abdi, kayaenggonku wis melasi kowé?’34Saka dukané, Sang Prabu banjurnglebokaké abdi sing ala atiné mau ana

MATIUS 18.35–19.5 106

ing pakunjaran. Wong mau terus ana ingkono nganti utangé lunas kabèh."35Gusti Yésus mungkasi piwulangésrana ngandika: "Semono uga Rama-Kuing swarga bakal tumindak kayamengkono marang kowé, yèn kowéora ngapura marang sedulurmu klawanéklasing ati."

191Sawisé mungkasi piwulangémau, Gusti Yésus banjur tindak

saka ing daérah Galiléa menyang daérahYudéa, ing sabrangé Kali Yardèn.2Akèh wong sing padha ndhèrèkaké lanpadha diwarasaké kabèh ana ing kono.3Nuli ana wong Farisi sing padhasowan, arep nyoba marang Gusti Yésus.Aturé wong-wong mau: "Miturut Angger-anggering Torèt, tiyang menapa kéngingmegat sémahipun manut sapikajengipunpiyambak?"4Gusti Yésus ngandika: "Apa kowépadha ora maca ing Kitab Suci, yèn GustiAllah enggoné nitahaké manungsa kuwiwiwit sekawit arupa lanang lan wadon?5Lan Gusti Allah ngandika: ‘Mulanéwong lanang kuwi kudu ninggal bapalan biyungé sarta banjur dadi siji karo

MATIUS 19.6–11 107

rabiné, temah loro-loroné padha dadidaging siji’.6Wong loro mau wis ora loro menèh,nanging mung siji. Awit saka kuwimanungsa ora kena misah apa sing wiskatunggilaké déning Gusti Allah."7Wong Farisi mau banjur padha matur:"Menawi makaten, menapa sebabipundéné Nabi Musa dhawuh supadosnyukani serat pegat, samasa tiyangmegat sémahipun? Menapa menikamboten ateges Nabi Musa ngéngingakentiyang sami pegatan?"8Gusti Yésus ngandika: "Nabi Musaenggoné nglilani kowé megat rabimu,kuwi merga kowé padha ora kenadikandhani. Nanging ing wiwitan mulaora kaya ngono kuwi.9Dakkandhani: Sing sapa megat rabiné,mangka bojoné mau ora laku jina, lanbanjur rabi karo wong wadon liyané,wong kuwi laku jina."10Para muridé Gusti Yésus banjur padhamatur: "Menawi kawontenanipun tiyangsesémahan kados mekaten, langkungsaé mboten émah-émah kémawon."11Gusti Yésus ngandika: "Ora sabenwong bisa nglakoni mengkono. Mung

MATIUS 19.12–16 108

wong sing wis kapiji déning Gusti Allah,sing bisa nglakoni.12Sebab ana wong sing ora bisaomah-omah, merga wiwit lair mulakaanané mengkono. Ana uga sing orabisa omah-omah, merga didadèkakémengkono déning wong liya. Lan anamenèh wong sing milih ora omah-omahmetu saka karepé dhéwé, supaya bisaluwih mligi enggoné nglakoni ayahanpeparingé ing Kratoné Gusti Allah. Sapasing bisa nglakoni, karebèn nglakoni."13Tumuli ana wong-wong sing padhanyowanaké bocah-bocah ana ingngarsané Gusti Yésus, supaya diberkahilan didongakaké. Nanging wong-wongmau padha disrengeni déning paramuridé.14Mulané Gusti Yésus ngandika marangpara muridé: "Karebèn bocah-bocahkuwi padha mréné. Aja kokalang-alangi.Sebab wong-wong sing kaya bocah ikising dadi kawula ing Kratoné Allah."15Gusti Yésus nuli numpangi astamarang bocah-bocah mau sarta banjurtindak saka kono.16 Ing sawijining dina ana wongnonoman sowan ing ngarsané Gusti

MATIUS 19.17–21 109

Yésus, matur mengkéné: "Guru, supadossaged pikantuk gesang langgeng,kula kedah nglampahi pendamel saémenapa?"17Pangandikané Gusti Yésus: "Apasebabé kowé koktakon marang Aku babapa sing becik? Mung siji sing becik,yakuwi Gusti Allah. Éwadéné yèn kowékepéngin olèh urip langgeng, kowé kudunetepi sakèhing angger-anggeré GustiAllah."18Unjuké wong mau: "Angger-anggeringkang pundi?" Wangsulané GustiYésus: "Kowé aja mematèni, kowé ajalaku jina, kowé aja nyenyolong, kowéaja ngucapaké paseksi goroh.19Kowé ngajènana bapa-biyungmu,lan tresnaa marang sapepadhamu, kayaenggonmu tresna marang awakmudhéwé."20Atur wangsulané nonoman mau:"Sedaya angger-angger menika sampunkula tetepi. Taksih kirang menapamalih?"21Pangandikané Gusti Yésus: "Yènkowé kepéngin sampurna, barangdarbèkmu edolen kabèh. Pepayonéwènèhna marang wong miskin, temahan

MATIUS 19.22–27 110

kowé bakal olèh bandha ana ing swarga.Sawisé kuwi, mrénéa, mèlua Aku."22Bareng krungu pangandikamengkono, nonoman mau banjurmundur klawan sedhih, merga wongmau sugih banget.23Gusti Yésus nuli ngandika marangpara muridé: "Kowé padha Dakkandhani.Iba angèlé wong sugih dadi kawula anaing Kratoné Allah.24Dakambali menèh kandha-Ku; luwihgampang unta mlebu ing bolonganingdom, tinimbang karo wong sugih dadiumat ana ing Kratoné Allah."25Bareng ngrungu pangandika mau,para muridé Gusti Yésus padha gumunbanget, banjur padha rerasanan: "Yènmengkono sapa wong sing bisa slamet?"26Gusti Yésus nuli mirsani marangpara muridé sarta ngandika: "Tumrapingmanungsa prekara kuwi mokal, nangingtumrapé Gusti Allah, ora ana barang singmokal."27Pétrus tumuli matur marang GustiYésus: "Kawula sedaya sampun saminilar samukawis, nunten ndhèrèkPanjenengan. Kawula sami badhé angsalmenapa?"

MATIUS 19.28–20.2 11128Pangandikané Gusti Yésus: "Kowépadha Dakkandhani: Mbésuk ing jamanwekasan, Putrané Manungsa bakallenggah ing dhampar kamulyan. Ingwektu kuwi kowé sing wis padha ndhèrèkAku, iya bakal linggih ing dhampar sartangadili taler Israèl rolas!29Lan saben wong sing wis ninggalomahé, utawa seduluré lanang,utawa seduluré wadon, utawa bapak-ibuné, utawa anak-anaké, apa dénépalemahané, merga saka Aku, wongkuwi bakal tampa ijolé tikel satus, lanuga bakal olèh urip langgeng.30Nanging akèh wong sing tekanédhisik bakal dadi kèri dhéwé, lan akèhwong sing tekané kèri bakal dadi singdhisik dhéwé."

201 "Kratoné Allah kuwi kenadiupamakaké wong duwé kebon

anggur. Ing wayah ésuk wong mau metugolèk buruh kanggo nggarap kebonéanggur.2Sawisé wong mau sarujuk mbayarsaben wong siji sedina sedinar, banjurakon para buruh mau nyambut-gawé ingkeboné anggur.

MATIUS 20.3–8 1123Kira-kira jam sanga ésuk wong singduwé kebon anggur mau lunga menèhlan weruh wong sawetara lagi padhanganggur ana ing pasar,4banjur dikandhani: ‘Padha nyambut-gawé ing kebonku anggur. Kowé bakaldakopahi miturut apa mesthiné.’5Wong-wong mau uga tumuli mangkat.Kira-kira jam rolas lan jam telu awanwong sing duwé kebon anggur maulunga menèh lan nindakaké kaya ingngarep mau.6Kira-kira jam lima soré wong maulunga menèh lan weruh wong-wongsing uga padha nganggur, banjur padhaditakoni: ‘Yagéné padha nganggur anaing kéné sedina muput?’7Wangsulané sing padha ditakoni: ‘Awitmboten wonten tiyang ingkang nyukanipedamelan.’ ‘Yèn mengkono, kowé padhanyambuta-gawé ing kebonku anggur!’ujaré sing duwé kebon.8Bareng wis surup, sing duwé kebonmau kandha marang mandhoré:‘Buruh-buruh kuwi padha undangen,padha wènèhana opahé, wiwit saka singtekané kèri dhéwé nganti tekan singdhisik dhéwé.’

MATIUS 20.9–15 1139Wong-wong sing padha wiwitnyambut-gawé kira-kira jam lima sorénuli teka, lan diopahi sedinar.10Sawisé kuwi nuli sing mlebu luwihésuk padha mara. Pengirané bakal padhatampa luwih akèh. Nanging jebul iyatampa sedinar wong siji.11Nalika padha nampani opahé,wong-wong mau padha nggrundeli singduwé kebon.12Pangucapé: ‘Para berah ingkang samimlebet kantun piyambak menika raknamung sami nyambut-damel setunggaljam. Kula sami nyambut-damel sedintenmuput lan sami kebentèren; kéngingmenapa tiyang-tiyang wau panjenenganparingi opah sami kaliyan kula?’13Wong sing duwé kebon maumangsuli: ‘Lo, aku rak ora keluputankaro kowé. Kowé rak wis sarujuk nampaopah sedinar sedina?14Tampanana opahmu lan lungaa. Ikiwis dadi karepku mènèhi wong singmlebu kèri dhéwé padha karo singdakbayaraké marang kowé.15Apa aku ora olèh migunakaké barang-barangku dhéwé manut sakarepé atiku?

MATIUS 20.16–20 114

Apa sebabé kowé mèri yèn aku lomamarang wong liya?’"16Gusti Yésus banjur ngandika: "Iyakaya mengkono kuwi wong-wong singtekané kèri bakal dadi dhisik dhéwé lanwong-wong sing padha teka dhisik bakaldadi sing kèri dhéwé!"17Nalika arep tindak menyang kuthaYérusalèm, ana ing dalan Gusti Yésusnimbali para muridé rolas ndhéwé.Banjur ngandikani mengkéné:18 "Padha rungokna! Saiki kita padhamenyang kutha Yérusalèm. Ana ing kanaPutrané Manungsa bakal dipasrahakémarang para pengareping imam lanpara ahli Torèt. Wong-wong mau bakalnetepaké paukuman pati marangPanjenengané.19Sawisé kuwi wong-wong mau bakalmasrahaké Panjenengané marang wong-wong dudu Yahudi, supaya dipoyokilan dipecuti, banjur disalib. Nanginging telung dinané Panjenengané bakalkawungokaké menèh saka ing pati."20Somahé Zébedéus sowan ingngarsané Gusti Yésus karo anak-anaké,banjur sujud lan arep ngaturaképanyuwunan.

MATIUS 20.21–25 11521Gusti Yésus ndangu: "Kowé arepmatur apa?" Aturé somahé Zébedéus:"Panjenengan kersaa paring prejanji,bilih mbénjing samasa Panjenenganjumeneng Raja, anak kawula kekalihmenika keparenga linggih ing sisihtengen lan ing sisih kiwa Panjenengan."22Gusti Yésus ngandika: "Kowé kuwipadha ora ngerti apa sing koksuwun.Apa kowé wani ngombé saka tuwungsing kudu Dakombé?" Wangsulané singpadha kadangu: "Inggih wantun."23Gusti Yésus tumuli ngandika: "Pancènkowé iya bakal padha ngombé sakatuwung sing bakal Dakombé. Nangingbab sapa sing bakal lungguh ing sisihtengen lan ing sisih kiwa-Ku, kuwiAku ora wenang netepaké. Kuwi bakalkaparingaké marang wong-wong singwis dipilih déning Rama-Ku."24Bareng murid sepuluh liyané ngrungubab kuwi, padha nepsu marang wongloro sasedulur mau.25Mulané Gusti Yésus banjur nimbalipara murid kabèh, sarta dingandikanimengkéné: "Kowé padha ngerti, yènpara penjajah sing duwé pangwasakuwi nindhes marang rakyat. Semono

MATIUS 20.26–31 116

uga para penggedhé padha nindakaképangwasané kanthi kenceng.26Nanging tumrapé kowé, cara singkaya mengkono kuwi aja koktindakaké.Yèn ing antaramu ana sing kepéngindadi penggedhé, kuwi kudu dadi réwang.27Lan yèn panunggalanmu ana singkepéngin dadi pengarep, kuwi kudu dadibatur.28Ora béda karo Putrané Manungsa,enggoné rawuh ora supaya diladosi,nanging malah ngladosi, sartamasrahaké nyawané kanggo ngluwariwong akèh."29Nalika Gusti Yésus lan murid-muridéninggal kutha Yérikho, akèh wong singpadha ndhèrèkaké.30 Ing pinggir dalan ana wong wuta loropadha lungguh. Bareng ngrungu yènGusti Yésus langkung, wong loro maupadha nguwuh-uwuh: "Gusti, tedhakipunSang Prabu Dawud, mugi kersa melasikawula!"31Wong akèh sing ana ing kono padhanepsu lan akon supaya wong loromau meneng. Nanging malah sayaseru panguwuhé: "Gusti, tedhakipun

MATIUS 20.32–21.3 117

Sang Prabu Dawud, mugi kersa melasikawula!"32Gusti Yésus nuli mandheg sartanimbali wong loro mau, pangandikané:"Kowé padha nyuwun Dakkapakaké?"33Atur wangsulané sing padhakadangu: "Gusti, kawula kepénginmripat kawula saged ningali!"34Gusti Yésus trenyuh penggalihémerga saka welas, banjur ndumukmripaté wong-wong mau. Sanalikaiku uga wong loro mau banjur padhabisa ndeleng. Tumuli padha ndèrèkakétindaké Gusti Yésus.

211Bareng wis mèh tekan kuthaYérusalèm, Gusti Yésus lan para

muridé padha mampir ing désa Bètfagé,ing Gunung Zaitun. Ing kono Gusti Yésusngutus muridé loro ndhisiki tindaké.2Pangandikané: "Lungaa menyanging désa ngarep kono. Kowé nuli bakalweruh ana kuldi wadon dicencang karobeloné. Kuldi kuwi nuli uculana langawanen mréné.3Yèn ana wong sing takon, kandhaawaé: ‘Gusti ngersakaken ngagem.Menawi sampun, badhé tumunten

MATIUS 21.4–9 118

kawangsulaken.’ Wong mau bakalngolèhaké."4Kaya mengkono kuwi supaya kelakonapa sing wis diweca déning nabi, singuniné:5 "Wartakna marang Sion, Ratumungrawuhi kowé. Panjenengané kuwi alusing budi lan rawuhé nitih beloning kuldi."6Murid loro sing diutus mau tumulimangkat lan nglakoni apa singdidhawuhaké déning Gusti Yésus.7Kuldi lan beloné dituntun. Para muridnuli nguculi jubahé lan dislèmèkaké inggegeré kuldi. Gusti Yésus nuli nitih.8Wong akèh sing padha ana ing kononuli padha njèrèng jubahé ana ing dalansing arep dilangkungi Gusti Yésus. Wongliyané menèh ana sing padha amèkpang-pangé wit-witan, kasèlèhaké anaing dalan.9Wong akèh sing padha mlakuing ngarsané lan wingkingé GustiYésus nuli wiwit padha surak-surak:"Pinujia tedhakipun Sang Prabu Dawud!Kaberkahana ingkang rawuh ingAsmanipun Pangéran! Pinujia Gusti AllahKang Mahaluhur!"

MATIUS 21.10–15 11910Bareng Gusti Yésus mlebet ing kuthaYérusalèm, wong sakutha padha gègèr,pangucapé: "Sing rawuh kuwi sapa?"11Wangsulané wong akèh sing padhandhèrèkaké Gusti Yésus: "Kuwi NabiYésus, saka Nasarèt, tanah Galiléa."12Gusti Yésus nuli rawuh ingplatarané Pedalemané Allah. Kabèhwong sing padha dol-tinuku ana ingplatarané Pedalemané Allah kono nulidiusir kadhawuhan metu. Méja-méjapanggonan ngijolaké dhuwit lan bangku-bangkuné wong sing padha adol manukdara, kabèh dijungkiraké déning GustiYésus.13Pangandikané marang wong singpadha dodolan mau: "Ana ing Kitab Suciwis ditulis, yèn Gusti Allah ngandika:‘Pedaleman-Ku bakal disebut dalempamujan’, nanging saiki kokdadèkakésusuhé maling!"14Ana ing Pedalemané Allah kono anawong wuta lan wong lumpuh padhasowan ing ngarsané Gusti Yésus, kabèhpadha diwarasaké.15Nanging bareng para pengarepingimam lan para ahli Torèt padha weruhtumindaké Gusti Yésus sing kaya

MATIUS 21.16–19 120

ngono mau, banjur padha nepsu. Dénébocah-bocah ing Pedalemané Allahpadha surak-surak: "Pinujia TedhakipunSang Prabu Dawud!"16Para imam lan ahli Torèt maupadha matur marang Gusti Yésus:"Panjenengan menapa mirengwicantenipun para laré menika?"Pangandikané Gusti Yésus: "Iya, Akukrungu. Apa kowé durung tau maca ingKitab Suci, sing uniné mengkéné: ‘Laré-laré lan bayi-bayi sampun Panjenenganwarahi memuji kalayan sampurna.’"17Gusti Yésus banjur nilar wong-wongmau, miyos saka ing kutha kono,menyang ing désa Bètani. Ana ing désakono Panjenengané nyaré.18Ésuké nalika tindak menyang kuthaYérusalèm menèh, ana ing dalan GustiYésus kraos luwé.19Bareng mirsa wit anjir ana ingpinggir dalan, nuli dipurugi. NangingPanjenengané ora manggih woh siji-sijia;sing ana mung godhong thok. Mulanéwit mau banjur dingandikani: "Kowéora bakal ngetokaké woh menèh ingselawas-lawasé!" Sanalika wit anjir maudadi garing.

MATIUS 21.20–24 12120Bareng para muridé Gusti Yésuspadha weruh lelakon sing kayamengkono mau, padha gumun banget,banjur matur marang Gusti Yésus:"Kados pundi, déné wit anjir menikasaged garing sanalika?"21Pangandikané Gusti Yésus: "Ngertia,yèn kowé precaya lan ora mangu-mangu, kowé iya bisa nindakaké kayasing Daktindakaké marang wit anjirmau. Malah ora mung kuwi waé, nangingkowé mesthi iya bakal bisa akon maranggunung iki: ‘Mumbula lan njegura ingsegara’, kuwi iya bakal kelakon.22Samubarang sing koksuwun ingpandonga bakal kelakon, angger kowéprecaya."23Gusti Yésus banjur mlebet ingPedalemané Allah, sarta memulang anaing kono. Lagi tengah-tengahé mulang,ana pengareping imam lan para ahli Torètpadha sowan ing ngarsané lan nyuwunpirsa: "Menapa dhasaripun Panjenengannindakaken prekawis-prekawis wau?Sinten ingkang maringi pangwaosdhateng Panjenengan?"24Gusti Yésus ngandika: "Aku iya areptakon marang kowé. Sawisé pitakon-Ku

MATIUS 21.25–28 122

kokwangsuli, nuli Aku iya bakal mangsulipitakonmu.25Enggoné Nabi Yohanes mbaptis wongkuwi adhedhasar wewenang saka sapa?Saka Gusti Allah, apa saka manungsa?"Para pengareping imam sarta para ahliTorèt mau nuli padha rembugan dhéwé.Rasanané mengkéné: "Yèn kita matur:‘Saking Gusti Allah’, Panjenenganémesthi bakal ngandika: ‘Yèn mengkonoapa sebabé kowé padha ora precayamarang Nabi Yohanes?’26Nanging yèn kita matur: ‘Sakingmanungsa’, kita padha wedi karo wongakèh, awit wong kuwi kabèh padhanganggep yèn Yohanes kuwi nabi."27Wusana padha matur marang GustiYésus: "Kula sami mboten mangertos."Gusti Yésus banjur ngandika: "Yènmengkono, kowé iya ora Dakkandhani,sapa sing paring pangwasa marang Akunindakaké prekara mau kabèh."28Gusti Yésus banjur ngandika: "SaikiAku arep takon, kepriyé penemumu ingbab iki: Ana wong duwé anak loro. Wongmau marani anaké mbarep lan muni:‘Lé, dina iki kowé nyambuta-gawé ingkebon anggur.’

MATIUS 21.29–33 12329Nanging anaké mangsuli: ‘Kulamboten purun!’ Sawisé muni mengkonoanak mau keduwung, nuli mangkatnyambut-gawé.30Wong mau nuli marani anaké singenom, lan dikandhani mengkono uga.Anaké mau mangsuli: ‘Inggih Pak,’nanging ora mangkat.31Anak loro mau sing endi singnindakaké karepé bapakné?"Wangsulané wong-wong mau: "Inggihingkang sepuh." Pangandikané GustiYésus: "Titènana! Para pegawé pajeg lanpara pelacur bakal luwih dhisik enggonédadi umat ing Kratoné Allah ketimbangkaro kowé.32Sebab Nabi Yohanes Pembaptisrawuh lan nuduhaké dalan sing benermarang kowé, éwasemono kowé padhaora precaya marang panjenengané.Nanging para wong durjana lanpara pelacur padha precaya marangpanjenengané. Déné kowé kabèh, orabanjur ngowahi pikiranmu lan precayamarang panjenengané."33Gusti Yésus ngandika: "Padharungokna pasemon iki. Ana wong sugihduwé kebon anggur. Kebon mau dipageri

MATIUS 21.34–38 124

mubeng lan digawèkaké panggonankanggo meres woh anggur; semonouga digawèkaké gubug dhuwur kanggojaga. Sawisé kuwi kebon anggur maudiséwakaké marang wong sawetara.Déné wong sugih mau nuli lungamenyang manca negara.34Bareng wis wayahé panèn, sing duwékebon teka lan kongkonan para réwangémenyang panggonané wong-wong singpadha nyéwa kebon anggur mau, dikonnjaluk bagéan pametuné sing dadi haké.35Nanging wong-wong sing padhadiutus mau nuli dicekel déning singpadha nyéwa kebon anggur mau, anasing digebugi, ana sing dipatèni, lan anasing dibenturi watu.36Sing duwé kebon mau banjur utusanmenèh réwang liyané, cacahé luwih akèhketimbang karo sing dhisik. Nangingpara utusan kuwi ngalami nasib kayautusan sing dhisik.37Wusana sing duwé kebon mau banjurkongkonan anaké dhéwé, gagasané:‘Wong-wong kuwi mesthi bakal éringkaro anakku.’38Kocapa wong sing padha nyéwamau bareng anaké sing duwé kebon

MATIUS 21.39–42 125

anggur teka, banjur padha rerasananmengkéné: ‘La, iki anaké teka. Ayopadha dipatèni waé, supaya kita bisaolèh warisané!’39Anaké sing dikongkon mau nulidicekel, banjur disèrèd metu saka kebonanggur, sarta dipatèni."40Pendanguné Gusti Yésus, "Yèn singduwé kebon anggur mau teka, nuliwong sing padha nyéwa mau bakaldikapakaké?"41Wangsulané sing padha didangu:"Temtu kémawon tiyang-tiyang awonwau badhé dipun pejahi sedaya. Dénékebon anggur wau lajeng badhé dipunséwakaken dhateng tiyang sanès,ingkang sagah nyukani bagéanipuningkang gadhah kebon anggur waupendhak panèn."42Mulané Gusti Yésus banjur ngandika:"Apa kowé padha durung tau maca ingKitab Suci sing uniné mengkéné: ‘Watusing ditampik déning tukang batu, kuwiwis dadi watu sing baku.’ [‘Sing sapatiba ing watu kuwi bakal ajur mumur, lansing ketiban watu mau bakal remuk.’]‘Kelakoné prekara kuwi nggumunaké,awit saka pakaryané Gusti Allah.’

MATIUS 21.43–22.4 126

Mulané Dakkandhani: Kabèh wewenangenggonmu padha dadi umat ing KratonéAllah bakal dijabel saka kowé, landiparingaké marang bangsa liya, singmbangun-turut marang dhawuhé."43 (21:42)44 (21:42)45Bareng para pengareping imam lanwong Farisi ngrungu pasemoné GustiYésus mau, banjur padha rumangsa, yènsing disemoni kuwi dhèwèké.46Wong-wong mau banjur padha ngudikepriyé bisané nyekel Panjenengané.Nanging padha wedi karo wong akèh,awit wong-wong mau padha nganggepyèn Gusti Yésus kuwi nabi.

221Gusti Yésus memulang menèhmarang wong akèh ngagem

pasemon.2Pangandikané: "Kratoné Gusti Allahkuwi kena diupamakaké kaya péstanératu sing mantokaké putrané.3Ratu mau ngutus para abdiné, nimbaliwong-wong sing padha diulemi. Nangingwong-wong mau padha ora gelem teka.4Nuli ratu mau ngutus utusan-utusanliyané, sing padha diweling mengkéné:‘Kandhaa karo wong-wong sing padha

MATIUS 22.5–9 127

dakulemi mau yèn pahargyan mantènéanakku wis katata. Sapi lanang lanpedhèt-pedhèt pilihan wis disembelèh.Samubarang wis cumawis. Ayo padhateka ing pahargyan!’5Éwasemono tamu-tamu sing diulemiora padha maèlu. Malah padha lungamenyang pegawéané dhéwé-dhéwé; anasing lunga menyang pategalané, anasing ngurusi dagangané;6 lan malah ana liyané sing nyekel parautusané ratu mau, dipilara lan dipatèni.7Mulané bareng mireng bab kuwi SangPrabu duka banget. Banjur ngutus paraprejurité, didhawuhi matèni wong-wongsing padha matèni utusané Sang Prabumau.8Sawisé kuwi Sang Prabu nulinimbali para abdiné lan ngandika:‘Pahargyan mantèn wis cumawis,nanging wong-wong sing diulemi padhaora pantes.9Mulané saiki kowé padha lungaaing dalan-dalan gedhé. Pira lan sapawaé wong sing kokprangguli ing kana,ulemana, supaya teka ing pahargyanmantèn iki.’

MATIUS 22.10–15 12810Para abdi mau iya tumulipadha mangkat. Kabèh wong singdiprangguli ing dalan-dalan gedhé padhadikumpulaké, iya wong ala, iya wongbecik. Panggonan pahargyan mau ngantikebak tamu.11Sang Prabu banjur mlebet ing papanpahargyan, mirsani para tamuné. Ingkono mirsa ana tamu sing ora nganggosandhangan pésta.12Tamu mau banjur didangu: ‘Sedulur!Kepriyé déné kowé bisa mlebu tekankéné ora nganggo sandhangan pésta?’Tamu mau ora bisa mangsuli apa-apa.13Sang Prabu banjur ngandika marangpara abdi: ‘Wong iki bandanen lanwetokna saka kéné, lebokna ingpanggonan sing peteng. Ing kono bakalana tangis lan panggegeting untu.’"14Gusti Yésus banjur mungkasipasemon kuwi mengkéné: "Akèh wongsing padha ditimbali, nanging sing dipilihmung sethithik."15Wong-wong Farisi nuli padha metusaka ing kono lan padha ngrembug

MATIUS 22.16–19 129

kepriyé bisané nyengkolonge Gusti Yésussrana pitakonan-pitakonan.16Para Farisi mau nuli kongkonanmurid-muridé sowan marang GustiYésus, bebarengan karo wong sawetarasaka golongan Hérodian. Wong-wongmau dikon matur marang GustiYésus mengkéné: "Bapak Guru, kulamangertos, bilih Panjenengan menikabarès, sarta mucal kanthi blak-blakanbab kersanipun Gusti Allah tumrapingmanungsa, tanpa ajrih dhateng sintenkémawon; awit Panjenengan mbotenmawang tiyang.17Awit saking menika mugiPanjenengan kersa paring katerangan:Mbayar paos dhateng Kaisar ing Rum,menika kénging menapa mboten?"18Nanging Gusti Yésus mirsa karep singala kuwi, mula banjur ngandika: "Wonglamis. Yagéné kowé nyoba marang Aku?19Tuduhna dhuwit sing kokenggombayar pajeg kuwi." Wong mau banjurpadha ngaturaké dhuwit dinar siji.

enyengkolong: njiret, ,tembungipun ing basaIndonesia: Menjebak.

MATIUS 22.20–25 13020Gusti Yésus banjur ndangu: "Ikigambaré sapa lan jenengé sapa singditulis ana ing dhuwit iki?"21Wangsulané sing padha didangu:"Menika gambaripun Kaisar." Gusti Yésusbanjur ngandika: "Yèn mengkono caosnamarang Kaisar apa sing dadi haké Kaisar,lan aturna marang Gusti Allah apa singdadi kagungané Gusti Allah."22Bareng krungu pangandikamengkono, wong-wong mau padhagumun banget. Banjur padha lunga.23 Ing dina kuwi uga, ana wong Sadukisawetara padha sowan ing ngarsanéGusti Yésus. Wong-wong mau duwépenganggep yèn wong mati mono orabakal tangi.24Banjur padha matur marang GustiYésus mengkéné: "Pak Guru, Nabi Musangandika: Menawi wonten tiyang jalerpejah, mangka mboten gadhah anak,menika sedhèrèkipun jaler kedah kawinkaliyan randha ingkang katilar pejahsémahipun wau, supados ingkang pejahwau gadhaha turun.25Nanging naté kelampahan ing ngriki,wonten tiyang pitu sasedhèrèk. Ingkangmbajeng kawin, lajeng pejah, tanpa

MATIUS 22.26–31 131

gadhah anak. Dados randhanipunkatilaraken dhateng sedhèrèkipun.26Mekaten ugi sedhèrèkipun wau inggihtilar-donya, tanpa gadhah anak. Kadosmekaten ugi sedhèrèkipun nomer tigalan salajengipun ngantos ingkang nomerpitu pisan.27Wusana tiyang èstri wau inggihpejah.28Menawi mekaten menika, mbénjinging dinten petangènipun tiyang pejah,tiyang èstri wau lajeng dados sémahipunsinten? Sebab tiyang pitu sasedhèrèkwau sampun naté kawin kaliyanpiyambakipun."29Gusti Yésus ngandika: "Kowé padhakesasar, sebab kowé ora ngerti marangpiwulangé Kitab Suci lan pangwasanéGusti Allah!30Awit yèn wong mati wis padhakatangèkaké menèh, wong mau orabakal omah-omah lan diomah-omahakémenèh. Wong-wong mau bakal padhaurip kaya para malaékat ing swarga.31Apa kowé padha ora tau maca, apasing dipangandikakaké déning GustiAllah bab petangèné wong mati? GustiAllah ngandika:

MATIUS 22.32–39 13232 ‘Aku Allahé Abraham, Allahé Iskaklan Allahé Yakub!’ Allah kuwi dudu Allahéwong mati, nanging Allahé wong urip."33Bareng krungu ketrangané singkaya mengkono mau, wong akèh padhagumun banget marang piwulangé GustiYésus.34Bareng wong Farisi padha krungu,yèn Gusti Yésus wis mbungkem wongSaduki, banjur padha nglumpuk.35Ana siji panunggalané para ahli Torèt,arep nyoba marang Gusti Yésus, sranapitakonan, mengkéné:36 "Bapak Guru, angger-angger ingkangutami lan ageng piyambak ing salebetingKitab Torèt menika ingkang pundi?"37Gusti Yésus ngandika: "Kowé tresnaamarang Allahmu klawan gumolongingatimu, gumolonging nyawamu langumolonging budimu.38Ya kuwi angger-angger sing gedhélan sing luhur dhéwé!39Déné angger-angger sing kapingpindho, sing padha wigatiné karo singdhisik mau, yakuwi: Kowé tresnaamarang sapepadhamu, kaya enggonmunresnani marang awakmu dhéwé.

MATIUS 22.40–46 13340Kabèh angger-angger sing kasebutana ing Kitab Torèt lan ing kitabépara nabi, kuwi dhasaré ana ingangger-angger loro mau."41Nalika wong Farisi isih padhanglumpuk ana ing kono, Gusti Yésusndangu marang wong-wong mau,pangandikané:42 "Kepriyé penemumu bab SangKristus? Panjenengané kuwi tedhakésapa?" Wangsulané sing padha didangu:"Tedhakipun Sang Prabu Dawud."43Pangandikané Gusti Yésus: "Yènmengkono, kepriyé déné Sang PrabuDawud, sing katuntun déning RohéAllah, koknyebut marang Sang Kristuskuwi: ‘Gusti’? Sebab Sang Prabu Dawudngandika:44 ‘Pangéran wis dhawuh marangGustiku: linggiha ing tengen-Ku, ngantisakabèhing mungsuhmu wis Daktelukakéing sangisoring tlapakanmu.’45Dadi yèn Sang Prabu Dawud nyebutSang Kristus kuwi ‘Gusti’, kepriyé dénéSang Kristus kokdisebut uga tedhakéSang Prabu Dawud?"46Ora ana wong siji waé sing bisamangsuli. Wiwit dina kuwi ora ana wong

MATIUS 23.1–7 134

sing wani ngaturaké pitakonan marangGusti Yésus.

231Gusti Yésus banjur ngandikamarang wong akèh lan marang

para muridé, mengkéné:2 "Para ahli Torèt lan wong Farisi kuwising wenang nerangaké angger-anggeréNabi Musa.3Mulané padha lakonana lan padhaturuten sakèhing piwulangé. Nangingkowé aja niru kelakuané, awit wongkuwi dhéwé ora padha nglakoni apa singpadha diwulangaké.4Padha gawé prenatan-prenatan singabot, nanging wong kuwi dhéwé padhaora nindakaké.5Sakèhé tumindaké mau mung murihkatona ing wong, kayata: padha nganggotali sembahyang amba, padha nganggogombyok sing dawa ana ing jubahé.6Padha seneng linggih ing papan kangkajèn ana ing karaméan-karaméan, lanlinggih ing kursi sing ngarep dhéwé ingpapan-papan pangibadah.7Padha seneng diurmati ing pasar-pasarlan seneng disebut ‘Guru’.

MATIUS 23.8–14 1358Nanging kowé, aja seneng yèndisebut: ‘Guru’, awit Gurumu mung sijilan kowé kabèh padha déné sedulur.9Lan aja ana wong ing donya kéné singkoksebut: ‘Rama’, awit Ramamu mungsiji, yakuwi sing ana ing swarga.10Kowé aja gelem disebut ‘Panuntun’,sebab Panuntunmu mung siji, yakuwiSang Kristus.11Sapa sing gedhé ana ing satengahmu,kuwi dadia peladènmu.12Sing sapa ngluhuraké awaké dhéwé,bakal diasoraké, déné sing ngasorakéawaké dhéwé, kuwi bakal diluhuraké."13 "Cilaka kowé para ahli Torèt lan wongFarisi. Kowé padha wong lamis. Kowépadha ngalang-alangi wong-wong singarep padha dadi kawulaning KratonéAllah. Kowé dhéwé padha ora gelem,nanging wong liya sing padha gelemkokalang-alangi."14 ["Cilaka kowé para ahli Torèt lanwong Farisi, kowé wong lamis. Kowépadha golèk alasan rupa-rupa kanggomeres randha-randha lan ngrampogomahé. Banjur éthok-éthok ndedongadawa. Mulané kowé bakal tampapaukuman sing luwih abot."]

MATIUS 23.15–18 13615 "Cilaka kowé para ahli Torèt lan wongFarisi! Kowé wong lamis! Kowé padhalunga adoh, nganti nyabrang segaralan ndlajahi dharatan, mung mergakepéngin olèh wong siji sing nganutagamamu, nanging yèn wong mau wismlebu agamamu, banjur kokdadèkakécalon isining nraka, sing alané tikelpindho karo kowé dhéwé!"16 "Cilaka kowé panuntun-panuntunpicak! Kowé muni mengkéné: ‘Singsapa sumpah demi Pedalemané Allah,wong kuwi ora kecencang déningsumpahé; nanging yèn sumpah demiemasé Pedalemané Allah, sumpah kuwinyencang.’17Kowé trahé wong bodho lan picak!Endi sing luwih aji: emasé, apaPedalemané Allah sing nucèkaké emasmau?18Kowé uga memulang mengkéné:‘Sing sapa sumpah demi mesbèh, kuwiora kecencang déning sumpahé; nangingsing sapa sumpah demi kurban singana ing mesbèh mau, kuwi kecencangmarang sumpahé.’

MATIUS 23.19–23 13719Kowé trahé wong picak temenan.Endi sing luwih aji, kurbané, apamesbèhé, sing nucèkaké kurban mau?20Sing sapa sumpah demi mesbèh,kuwi sumpahé demi mesbèh lan ugademi barang-barang sing temumpangana ing kono.21Lan sing sapa sumpah demiPedalemané Allah, kuwi sumpah demiPedalemané lan uga demi Gusti Allahsing dedalem ana ing kono.22Lan sapa sing sumpah demiswarga, kuwi ateges iya sumpah demidhamparing Allah lan iya demi GustiAllah, sing lenggah ana ing dhamparmau."23 "Cilaka kowé, para ahli Torèt lanpara wong Farisi. Kowé para wonglamis. Bumbu crakèn kaya dénételasih, adas lan jinten pisan, padhakokbayar prasepuluhané, nangingsing wigati dhéwé tumraping agamakoklirwakaké, yakuwi kaadilan,kawelasan lan ketemenan. Kuduné raksing siji ditindakaké, nanging sijiné ajadilirwakaké.

MATIUS 23.24–29 13824Kowé panuntun-panuntun sing picak.Lemut koksaring saka ombèn-ombènmu,nanging unta kokulu!"25 "Cilaka kowé para ahli Torèt lanwong Farisi! Kowé padha wong lamis.Sebab cangkir lan piring padha kokresikinjabané, mangka ing njeroné kebakrereged saka enggonmu ngrampas,merga saka srakahmu.26Kowé wong Farisi sing picak. Resikanadhisik njeroné cangkir lan piring-piringkuwi, supaya njabané iya bisa dadiresik!"27 "Cilaka kowé, para ahli Torèt lanwong Farisi! Kowé padha wong lamis!Sebab kowé padha kaya kuburan, singdilabur putih. Saka njaba pancèn katonapik, nanging njeroné kebak balungéwong mati sing wis bosok kabèh.28Mengkono uga kowé. Saka njaba,kowé katon mursid; nanging njeroningbatinmu kebak lelamis lan duraka."29 "Cilaka kowé, para ahli Torèt lanwong Farisi! Kowé wong lamis! Kowépadha mbangun pesaréané para nabilan ngrengga tugu pengéling-élingé parawong mursid.

MATIUS 23.30–35 13930Lan kowé padha muni: ‘Saupamaaku urip nalika jamané para leluhurku,aku mesthi ora padha mèlu matèni paranabi.’31Dadiné kowé dhéwé padha ngakoniyèn kowé kuwi padha turuné wong-wongsing padha matèni nabi-nabi!32Yèn mengkono, terusna lan kebakanasundukané dosa-dosané para leluhurmukuwi!33Kowé padha wong goroh! Lan trahéwong goroh, kepriyé enggonmu bisangoncati paukumané nraka?34Mulané rungokna sing temenan. Akubakal ngutus nabi-nabi, wong-wongwicaksana lan ulama-ulama nekanikowé. Ana sing bakal tumuli kokpatèni,liyané ana sing koksalib, ana menèhsing bakal koksiksa ing papan-papanpangibadahmu, lan kokoyak-oyak sakakutha siji menyang kutha sijiné.35Wekasané paukuman tumrapenggonmu matèni wong-wong singora salah kuwi bakal katempuhakémarang kowé, wiwit saka Abil, wongsing mursid kuwi, nganti tekan Zakhariaanaké Bérékia, sing kokpatèni ana ing

MATIUS 23.36–24.2 140

Pedalemané Allah, ing antarané papansuci lan mesbèh.36Ngandela: Kabèh kuwi bakalditempuhaké marang wong-wong ingjaman saiki."37 "Yérusalèm, Yérusalèm! Kowé wismatèni nabi-nabi, lan mbenturi watupara utusan sing diutus Gusti Allahnemoni kowé. Wis nganti ping piraenggon-Ku kepéngin nglumpukakéanak-anakmu kaya babon enggonénglumpukaké kuthuk-kuthuké ingsangisoring swiwiné? Nanging kowépadha ora gelem!38Titènana, omahmu iki bakal ditinggalsuwung lan dadi sepi.39Lan Aku kandha karo kowé: Wiwitsaiki kowé bakal padha ora ndelengAku, nganti kowé padha ngucap:‘Binerkahana ingkang rawuh ingasmanipun Pangéran!’"

241Sawisé kuwi Gusti Yésusbanjur miyos saka Pedalemané

Allah. Para muridé nuli padha nyaketisarta ngaturi Panjenengané mirsanigedhong-gedhonging Pedalemané Allah.2Gusti Yésus banjur ngandika:"Tamatna sing temenan enggonmu

MATIUS 24.3–6 141

ndeleng gedhong-gedhong kuwi.Dakkandhani, mbésuk bakal ora anawatu siji waé sing lestari temumpang ingwatu liyané; kabèh bakal dijugrugaké."3Nalika Gusti Yésus lenggah ing GunungZaitun, para muridé padha sowanngadhep, prelu rembugan dhèwèkankaro Panjenengané, aturé: "Bapak Guru,mugi kersaa paring sumerep dhatengkawula sedaya, mbénjing menapa badhékelampahanipun sedaya menika? Lanmenapa tandha-tandhanipun badhérawuh Panjenengan? Mekaten ugimenapa tandha-tandhanipun dintenwekasan?"4Gusti Yésus ngandika: "Kowé singpadha ngati-ati. Aja nganti diapusi ingwong.5Sebab bakal akèh wong sing padhateka nganggo jeneng-Ku lan kandha:‘Aku iki Sang Kristus’, lan sranamengkono bakal nasaraké wong akèh.6Kowé bakal krungu swaraningpeprangan lan pawarta bab perang.Nanging diawas, kowé aja wedi lan ciliking ati; sebab kuwi kabèh kudu kelakon;senajan mengkono, kuwi durung ategesyèn wis tekan wekasané jaman.

MATIUS 24.7–14 1427Sebab bangsa sing siji bakal nglawanperang bangsa sijiné, lan krajan nglawankrajan. Ana ing endi-endi bakal anapailan lan lindhu.8Nanging kuwi mau kabèh lagiwiwitaning kasangsaran, ngarepakétekané jaman anyar, kaya wong singnglarani sadurungé nglairaké bayi.9 Ing wektu kuwi kowé bakal padhadicekel lan dipasrahaké supaya disiksalan dipatèni. Kowé bakal disengiti déningsakèhing bangsa, merga enggonmu dadimurid-Ku.10 Ing wektu kuwi akèh wong sing orasetya menèh marang Aku. Sing sijinglapuraké sijiné supaya dianiaya, lanpadha sengit-sinengitan.11Nuli akèh nabi palsu bakal padhanjedhul lan nasaraké wong akèh.12Kadurakan bakal saya tambah akèh,nganti wong padha suda katresnané.13Nanging sing sapa lestari precayatekan wekasan, kuwi sing bakal slamet.14 Injil bab Kratoné Allah bakaldiwartakaké sajagad wrata, supayasaben wong padha krungu. Sawisékuwi kelakon, lagi bakal tekané dinawekasan."

MATIUS 24.15–22 14315 "Kowé bakal ndeleng ‘Si Pengrusakambek siya’ ngadeg ana ing papan suci,kaya sing dingandikakaké déning NabiDhanièl — sapa sing maca padha ngudiangerti apa tegesé —16yèn kuwi kelakon, wong-wong singana ing tanah Yudéa padha ngungsiamenyang pegunungan.17Wong-wong sing lagi padha anaing payon, aja padha mudhun njupukbarang-barangé sing ana ing omahé.18Wong sing lagi padha ana ingpategalan, aja padha mulih njupukjubahé.19Mesakaké banget wong wadon singwektu kuwi padha mbobot, lan sing laginusoni!20Nyenyuwuna marang Gusti Allahsupaya enggonmu padha ngungsi kuwiora pinuju mangsa rendheng utawambeneri dina Sabbat!21Sebab ing wektu kuwi bakal anakasusahan sing gedhé banget, singdurung tau kelakon wiwit jagaddititahaké nganti sepréné. Lan ora bakalkelakon menèh.22Sukur déné wektuné wis digawécendhak déning Gusti Allah; yèn ora

MATIUS 24.23–27 144

ngono, ora bakal ana manungsa sijiwaé sing lestari urip. Nanging mergasaka umat pilihané, Gusti Allah kersanyendhakaké wektu kasangsaran gedhémau.23 Ing wektu kuwi yèn ana wong kandhamarang kowé: ‘Delengen, Sang Kristusana ing kéné’, utawa ‘Sang Kristus anaing kana’, kowé aja ngandel.24Sebab kristus-kristus palsu lannabi-nabi palsu bakal padha njedhul,sarta padha nindakaké mujijat-mujijatlan kaélokan-kaélokan kanggo nasarakéwong. Malah yèn bisa, iya arep nasarakéumat pilihané Gusti Allah.25Mulané, éling-élingen! Aku wis awèhweruh marang kowé, sadurungé kuwimau kelakon.26Yèn ana wong kandha karo kowé:‘Delengen, Panjenengané ana ingpanggonan sing sepi’, kowé aja mrana.Utawa yèn padha kandha: ‘Panjenenganéndhelik’, kowé aja ngandel.27Sebab kaya déné gebyaring kilat sakaing Wétan, padhangé cumlorot tekan ingKulon, kaya mengkono mbésuk bakalrawuhé Putraning Manungsa.

MATIUS 24.28–32 14528 Ing panggonané bathang, iya dadipanggonané manuk gagak padhanggrombol."29 "Sawisé mangsa kasangsaran mau,srengéngé bakal dadi peteng, lanrembulan ilang cahyané. Lintang-lintangbakal padha tiba saka ing langit, lankekuwatan-kekuwatan sing ana ing alamjembar bakal mosak-masik.30Sawisé kuwi ing langit bakal katontandhané Putraning Manungsa. Sakèhébangsa ing bumi bakal padha nangislan sesambat. Nuli bakal padha ndelengPutraning Manungsa rawuh ing méganinglangit, klawan pangwasa lan kamulyangedhé.31Trompèt sing swarané seru bangetbakal diunèkaké. Para malaékat nulibakal diutus déning Gusti Allah menyangkéblat papat, ngumpulaké umat pilihanéGusti Allah, saka tancebing langit singsiji nganti tekan tancebing langit liyané."32 "Padha nitènana wit anjir. Yènpang-pangé wiwit katon ijo lan memes,nuli semi, kowé padha ngerti, yènmangsa panas wis cepak.

MATIUS 24.33–40 14633Semono uga yèn kowé weruh lelakonkuwi mau kabèh, kuwi tandhané yènPutraning Manungsa wis mèh rawuh.34Élinga! Kabèh kuwi bakal kelakonsadurungé wong-wong sing saiki padhaurip iki mati.35Langit lan bumi bakal sirna, nangingtembung-Ku ora bakal sirna."36 "Ora ana wong siji waé sing weruhdina lan jamé rawuhé PutraningManungsa. Malah Sang Putra piyambakiya ora pirsa. Mung Sang Rama piyambaksing pirsa.37Kaya déné jamané Nabi Nuh,mengkono uga kaanané mbésuk rawuhéPutraning Manungsa.38 Ing dina-dina sadurungé banjir gedhéteka, wong-wong padha mangan lanngombé. Padha omah-omah lan padhadiomah-omahaké, nganti dina enggonéNabi Nuh minggah ing prau.39Bareng banjiré teka temenan,wong-wong mau lagi padha kegugahpikirané tumrap apa sing kelakon.Mengkono uga bakal kedadéané, samasaPutraning Manungsa rawuh.40 Ing wektu kuwi bakal ana wongloro sing lagi padha nyambut-gawé

MATIUS 24.41–47 147

ing pategalan, sing siji digawa, sijinéditinggal.41Ana wong wadon loro sing lagi padhanggiling gandum, sing siji digawa, sijinéditinggal.42Mulané sing padha waspada! Sebabkowé padha ora weruh dina rawuhéGustimu.43Ngèlingana sing mengkéné iki: Yènwong sing duwé omah ngerti wektunémaling sing arep nekani omahé, wongmau bakal ora turu, lan ora bakal olèhyèn omahé dileboni.44Mulané kowé selawasé kudu siaga,sebab Putraning Manungsa kuwi rawuhéing wayah sing ora koknyana."45 "Yèn mengkono, endi abdi singsetya lan sing pinter, temahan diangkatbendarané ngepalani abdi-abdi liyané,supaya mènèhi jatah pangan marangpara abdi liyané mau, ing wektu-wektusing ditemtokaké.46 Iba begjané abdi sing nalikabendarané rawuh ketemu lagi nindakakékuwajibané.47Ngandela, bendara mau bakalngangkat abdi kuwi dipasrahi ngurusisebarang darbèké bendarané.

MATIUS 24.48–25.4 14848Nanging yèn abdi mau ala atiné landuwé gagasan mengkéné:49 ‘Bendaraku bakal ora énggal rawuh’,nuli wong mau wiwit nyiya-nyiyaabdi-abdi liyané, sarta mangan lanngombé bebarengan karo wong-wongsing seneng endem-endeman,50mangka bendarané mau nuli rawuhing dina sing ora dinyana-nyana, lan ingjam sing ora dingertèni sadurungé.51Abdi mau bakal diukum déningbendarané sakatogé, kaya yèn ngukumwong lamis. Ing kono abdi mau bakalnangis lan nggeget untu."

251 "Samasa Putraning Manungsarawuh ngasta Kratoné Allah, kena

diupamakaké: Kaya kaanané prawansepuluh sing arep ngiring pengantèn,padha nggawa oncor, banjur mangkatmethuk pengantèn lanang.2Prawan sing lima bodho, lan sing limaliyané wicaksana.3Prawan lima sing bodho mau padhanggawa oncor, nanging ora nggawalenga tandhon.4Déné prawan lima sing wicaksana,nggawa oncor lan nggawa lenga singkanggo tandhon.

MATIUS 25.5–11 1495Pengantèn lanang mau tekané kasèp,mulané prawan-prawan mau banjurngantuk nganti keturon.6Bareng tengah-wengi ana swaranéwong alok-alok: ‘Pengantèné teka! Ayopadha dipethukaké!’7Prawan sepuluh mau banjur padhatangi lan nyandhak oncoré dhéwé-dhéwé.8Prawan-prawan sing bodho nulipadha nembung marang prawan-prawansing wicaksana: ‘Mbok aku wènèhanalengamu sethithik waé, awit oncorkuarep mati.’9Wangsulané prawan-prawan singwicaksana: ‘Aja, mengko lenganémundhak ora cukup yèn kanggo aku lankowé. Luwih becik yèn kowé menyangawarung sing adol lenga lan tuku dhéwé.’10Nanging nalika prawan lima mau lagipadha lunga tuku lenga, mantèné lanangteka. Prawan lima sing wis miranti, nulipadha ngiring pengantèn lanang, mlebuing omahé sing mantu. Lawangé banjurdikancing.11Sawisé mengkono prawan limaliyané mau iya padha teka, lan matur

MATIUS 25.12–16 150

saka njaba: ‘Bapak, kula aturi mbikakkorinipun.’12Nanging wangsulané pengantènlanang: ‘Kowé sapa, aku ora kenal karokowé.’"13Gusti Yésus banjur mungkasipasemoné srana ngandika: "Mulanépadha melèka, awit kowé padha oraweruh dina lan wayahé PutraningManungsa rawuh."14 "Samasa Putraning Manungsa rawuhngasta Kratoné Gusti Allah kaananéiya kena diupamakaké kaya wong singarep mangkat lelungan menyang negarasing adoh. Wong mau nuli nimbalipara abdiné, banjur mitayakaké barangdarbèké marang para abdi mau.15Saben abdi dipasrahi, undha-usukmiturut kabisané dhéwé-dhéwé. Anaabdi sing dipasrahi dhuwit limangtalenta, ana sing rong talenta, ana singsatalenta. Sawisé kuwi wong mau nulimangkat.16Sing nampa limang talenta tumulimangkat, nglakokaké dhuwité, lan olèhbathi uga limang talenta.

MATIUS 25.17–22 15117Mengkono uga abdi sing tampa rongtalenta, iya nindakaké mengkono, lanolèh bathi uga rong talenta.18Nanging abdi sing tampa satalenta,lunga ngedhuk luwangan, banjurmendhem dhuwité bendarané mau anaing kono.19Let sawetara suwéné, bendaranéabdi-abdi mau lagi rawuh, banjurnganakaké étung-étungan karo paraabdiné.20Sing tampa limang talenta sowan lanngaturaké bebathèné limang talenta,karo matur: ‘Bapak, kula panjenenganpasrahi gangsal talenta. Samenika kulaaturi mirsani, kula angsal bebathènkathahipun inggih gangsal talenta.’21Wangsulané bendarané: ‘Becikbanget, kowé abdi sing becik lan temen.Sarèhné kowé wis ketitik tumemenmarang barang sing sethithik, kowébakal dakpasrahi ngurusi barang singakèh. Mlebua lan mèlua ngrasakakékabungahanku.’22Abdi sing tampa rong talenta ugasowan lan matur: ‘Bapak, panjenengansampun mitadosaken arta kalih talentadhateng kula. Samenika, sumangga

MATIUS 25.23–26 152

panjenengan pirsani. Kula saged angsalbebathèn kathahipun inggih kalihtalenta.’23 ‘Becik banget’, wangsulanébendarané. ‘Kowé abdi sing beciklan temen. Sarèhné kowé wis ketitiktumemen marang barang sing sethithik,saiki kowé bakal dakpasrahi ngurusibarang-barang sing akèh. Ayo, mlebualan mèlua ngrasakaké kabungahanku!’24Sawisé kuwi abdi sing nampasatalenta iya banjur sowan, lan matur:‘Ndara, kula sumerep, bilih panjenenganmenika tiyang ingkang sawenang-wenang. Remen ngenèni ing panggènaningkang mboten panjenengan sebari,lan mendheti taneman, ingkang mbotenpanjenengan tanem.25Mila kula ajrih, lajeng késah; artapanjenengan satalenta lajeng kulapendhem ing siti. Mangga kula aturinampèni arta panjenengan!’26Bendara mau banjur ngandika:‘Kowé abdi sing ala lan kesèd. Kowéduwé penganggep yèn aku ngenèniing panggonan sing ora daksebari lanngundhuh tanduran sing ora daktandur.

MATIUS 25.27–32 15327Mulané, beneré dhuwitku kuwikoktitipaké marang wong singnglakokaké dhuwit, supaya samangsaaku teka, aku bisa nampa dhuwitkumenèh saanakané.28Dhuwit satalenta kuwi jaluken,banjur wuwuhna marang wong singduwé sepuluh talenta mau.29Sebab sing sapa wis duwé, kuwibakal kaparingan luwih akèh menèhnganti kalubèran. Nanging sing sapa oraduwé, barang sethithik sing diduwèkikuwi bakal kapundhut kabèh.30Déné abdi sing ora ana gunané kuwicekelen, lan lebokna ing pakunjaran.Ing kono bakal ana penangis lanpanggegeting untu!’"31 "Mbésuk samasa Putrané Manungsarawuh ngagem kamulyané, kadhèrèkakésakèhing malaékat, Panjenengané bakallenggah ing dhamparing Kratoné GustiAllah,32 lan sakèhing wong ing bumibakal kaklumpukaké ing ngarsané.Panjenengané nuli bakal misah wong-wong mau dadi rong pantha, kayapangon sing misahaké wedhusé gèmbèllan wedhusé bérok.

MATIUS 25.33–38 15433Sing gèmbèl dipisahaké ana ingtengené lan sing bérok ana ing kiwané.34Tumuli Sang Prabu bakal ngandikamarang wong-wong sing ana ingtengené: ‘Mara, kowé sing padhabinerkahan déning Rama-Ku. Kowébakal padha ngrasakaké kanikmataningKratoné Allah, sing wis kacawisaké wiwitdumadiné jagad.35Awit nalika Aku keluwèn, Akukokcaosi dhahar; nalika Aku ngelak, Akukokcaosi ngunjuk; nalika Aku ngumbara,Aku kokcaosi pondhokan ing omahmu;36nalika Aku kewudan, Aku kokcaosiageman; nalika Aku gerah, Akukokupakara; nalika Aku dikunjara, Akukoktiliki.’37 Ing kono wong-wong mursid maupadha matur: ‘Gusti, kala menapakawula sumerep Panjenengan keluwèn,lan kawula caosi dhahar, utawi kasatan,kawula caosi ngunjuk?38Kala menapa kawula sumerepPanjenengan ngumbara, lajeng kawulacaosi pondhokan ing griya kawula? Kalamenapa kawula sumerep Panjenengankelukaran, lajeng kawula caosi ageman?

MATIUS 25.39–44 15539Kala menapa kawula sumerepPanjenengan gerah utawi dipun kunjara,lajeng kawula tuwèni?’40Sang Prabu nuli bakal paringwangsulan: ‘Élinga, apa waé sing taukoktindakaké marang salah sawijiningsedulur-Ku sing asor dhéwé iki, kuwiateges iya wis koktindakaké marangAku!’41Sang Prabu mau iya bakal ngandikamarang wong-wong sing ana ing kiwané:‘Padha sumingkira saka ing ngarep-Ku,kowé wong sing kena ing laknat!Sumingkira menyang geni langgeng singwis dicawisaké kanggo Iblis lan paramalaékaté!42Awit nalika Aku keluwèn, kowé oranyaosi dhahar; nalika Aku ngelak, kowéora nyaosi ngunjuk;43nalika Aku ngumbara, kowé oranyaosi pemondhokan; nalika Akukewudan, kowé ora nyaosi ageman;nalika Aku gerah, lan ana ing pakunjaran,Aku ora kokupakara.’44Wong-wong mau nuli bakal padhamunjuk: ‘Kala menapa kawula sumerepPanjenengan keluwèn, kasatan,ngumbara, utawi kelukaran, utawi gerah,

MATIUS 25.45–26.4 156

utawi dipun kunjara lan mboten kawulaladosi?’45Sang Prabu banjur bakal paringwangsulan: ‘Rungokna sing becik. Apawaé sing ora koktindakaké marang salahsawijining wong sing asor dhéwé iki,kuwi iya ora koktindakaké marang Aku.’46Wasana wong-wong mau bakalnampa paukuman langgeng, nangingwong-wong mursid bakal nampaganjaran urip langgeng."

261Sawisé rampung enggonémulangaké bab kuwi mau, Gusti

Yésus banjur ngandika marang paramuridé:2 "Kowé wis padha ngerti, yèn kurangrong dina menèh wis Riaya Paskah,lan Putraning Manungsa bakal dicekeldéning wong akèh lan disalib."3 Ing nalika semana para pengarepingimam lan para pinituwané bangsa Yahudipadha nglumpuk ana ing dalemé ImamAgung Kayafas.4Para pengareping imam lan parapinituwa mau padha rembugan babkepriyé rékané, supaya bisa nyekel lannyédani Gusti Yésus.

MATIUS 26.5–10 1575Nanging olèhé nyekel lan matèni ajapinuju dina riaya, supaya ora gawégègèré wong akèh.6Nalika Gusti Yésus ana ing désaBètani, ana ing omahé Simon, sing biyèntau lara kusta;7ana wong wadon teka sowan ingngarsané Gusti Yésus. Wong wadon maunggawa gendul isi lenga wangi, singlarang banget regané. Dhèk semanaGusti Yésus lagi lenggah dhahar. Wongwadon mau banjur nglengani mestakanéGusti Yésus nganggo lenga wangi.8Para muridé Gusti Yésus bareng weruhapa sing ditindakaké wong wadon maunuli padha nepsu, lan padha rerasanan:"Apa kuwi ora ngecèh-ecèh dhuwit?9Lenga wangi kuwi yèn diedol rak payuakèh, lan pepayoné rak kena diwènèhakémarang wong miskin?"10Gusti Yésus mirsa apa sing lagi dadirasanané para muridé, mulané banjurngandika: "Yagéné kowé kokpadhangrasani ala marang wong wadon iki?Wong iki rak nglakoni barang sing beciktumraping Aku.

MATIUS 26.11–17 15811Wong miskin rak selawasé ana ingantaramu, nanging Aku rak ora selawaséawor karo kowé.12Enggoné ngesokaké lenga ana ingbadan-Ku kuwi rak minangka pacawisanépenguburan-Ku.13Padha titènana! Ing endi waé Injiliki diwartakaké, apa sing ditindakakédéning wong wadon iki iya bakaldicritakaké, minangka pengéling-élingmarang dhèwèké."14Nalika semono nuli ana salahsawijining muridé Gusti Yésus, jenengéYudas Iskariot, marani para pengarepingimam.15Yudas mau banjur matur: "Kulabadhé panjenengan épahi menapa,menawi kula masrahaken Gusti Yésusdhateng panjenengan?" Yudas Iskariotnuli diwènèhi dhuwit telung puluh sèkelselaka.16Wiwit nalika kuwi Yudas golèkwewengan, supaya bisa masrahaké GustiYésus marang para pengareping imam.17 Ing dina wiwitaning Riaya Pésta RotiTanpa Ragi, para muridé Gusti Yésuspadha sowan ing ngarsané. Banjurmatur: "Gusti ngersakaken dhahar

MATIUS 26.18–23 159

bujana Paskah wonten ing pundi?Mangké badhé sami kula cawisaken."18Gusti Yésus ngandika: "Lungaanemoni si Anu lan kandhaa: ‘Bapak Gurungandika: Wektuku mung kari saiki;Aku kepéngin dhahar bujana Paskahana ing omahmu, bebarengan karomurid-murid-Ku!’"19Para murid sing diutus maunuli mangkat nindakaké apa singdidhawuhaké déning Gusti Yésus,nyawisaké bujana Paskah.20Bareng wis soré Gusti Yésus banjurlenggah dhahar bebarengan karo paramuridé.21Nalika isih padha dhahar, GustiYésus ngandika: "Ngertia, salah sijipanunggalanmu bakal ngulungaké Akumarang wong-wong sing padha ngarahmatèni Aku."22Bareng ngrungu pangandika maupara muridé Gusti Yésus padha sedhihbanget, banjur genti-gentèn padhamatur: "Rak sanès kula ta Gusti?"23Gusti Yésus ngandika: "Wong singnyelupaké rotiné ana ing mangkok ikibareng karo Aku, kuwi wongé sing bakalngulungaké Aku.

MATIUS 26.24–28 16024Putrané Manungsa pancèn pinesthiséda, sebab ing Kitab Suci wis ditulisbab enggoné bakal séda. Nangingcilaka wong sing ngulungaké PutranéManungsa! Luwih becik tumrapé wongkuwi saupama ora lair waé!"25Yudas, sing bakal ngulungaké GustiYésus nuli matur: "Nanging rak sanèskula ingkang Panjenengan kersakakenta Gusti?" Gusti Yésus ngandika:"Mengkono kandhamu."26Nalika padha mangan, Gusti Yésusmundhut roti, banjur ndedonga, saossukur marang Pangéran. Roti maunuli dicuwil-cuwil sarta diparingakémarang para muridé, karo ngandika:"Padha tampanana, padha panganen, ikibadan-Ku."27Sawisé kuwi banjur mundhut tuwungsing isi anggur, banjur ndedonga, saossukur marang Pangéran. Gusti Yésusbanjur maringaké tuwung mau marangpara muridé, sarta ngandika: "Padhangombéa kabèh saka ing tuwung iki.28Sebab iki getih-Ku, getih singdiesokaké kanggo nanggung prejanjianéGusti Allah. Getih-Ku iki diesokaké

MATIUS 26.29–34 161

kanggo wong akèh, minangkapangapuraning dosa.29Ngertia: Aku bakal ora ngombéanggur iki menèh nganti wektuné Akungombé anggur anyar bebarengan karokowé kabèh ing Kratoné Rama-Ku."30Sawisé kuwi Gusti Yésus lan paramuridé banjur padha menyanyi. Nulipadha mangkat menyang GunungZaitun.31Gusti Yésus banjur ngandika marangpara muridé: "Ing bengi iki uga kowébakal padha mlayu, ninggal Aku ijèn;sebab ing Kitab Suci wis katulis:‘Gusti Allah bakal matèni pangoné, lanpepanthané wedhus bakal buyar.’32Nanging sawisé Aku katangèkakésaka ing kubur, Aku bakal lunga menyangtanah Galiléa, ndhisiki kowé."33Pétrus nuli matur marang GustiYésus: "Senajan sedaya murid badhénilar Panjenengan, kawula mbotenbadhé nilar Panjenengan!"34Gusti Yésus ngandika marang Pétrus:"Rungokna! Ing bengi iki uga, sadurungéjago kluruk, kowé bakal nyélaki Aku,ambal ping telu."

MATIUS 26.35–39 16235Pétrus nuli mangsuli: "Kula mbotenbadhé nyélaki Panjenengan, senajankedah pejah sesarengan." Para muridliyané iya padha muni mengkono.36Sawisé mengkono, Gusti Yésusbanjur tindak, kadhèrèkaké para muridé,menyang panggonan sing disebutGètsémané. Ing kono Gusti Yésusngandika karo para muridé: "Padhalinggiha ana ing kéné dhisik, Aku arepmrana, ndedonga."37Gusti Yésus nuli ngajak Pétrus lananaké Zébedéus karo pisan, kadhawuhanndhèrèk. Ing wektu kuwi Gusti Yésuskaton sedhih sarta ajrih banget.38Pangandikané marang para muridmau: "Ati-Ku sedhih banget, rasané kayawong sing arep mati. Padha ngentènanaana ing kéné, lan Aku réwanganamelèk."39Gusti Yésus tindak ora adoh saka ingkono, nuli sujud sarta ndedonga: "DhuhRama Kawula, menawi kepareng, tuwungkasangsaran menika mugi kasingkirnasaking Kawula! Nanging sampunpikajeng Kawula, namunga kersa Padukakémawon ingkang kelampahan."

MATIUS 26.40–45 16340Sawisé kuwi Gusti Yésus banjurmurugi para muridé telu mau, nangingtelu-teluné ketemu lagi padha turu. GustiYésus nuli ngandika marang Pétrus: "Apakowé, wong telu, ora bisa ngréwangi Akumelèk, senajan mung sajam waé?41Padha jumagaa lan padhandedongaa, supaya kowé ora kalahkaro panggodhaning Iblis. Roh monokepéngin nglakoni kang becik, nangingdaging kuwi sèkèng."42Gusti Yésus nuli tindak kapingpindhoné lan ndedonga, aturé: "DhuhRama, menawi kasangsaran menikamboten Paduka singkiraken lan mbotenkénging mboten kedah Kawula lampahi,inggih sumangga, mugi kersa Padukakémawon ingkang kelampahan."43Gusti Yésus nuli murugi para muridémenèh, nanging iya lagi padha turu,sebab mripaté mbliyut banget.44Para murid mau nuli ditinggal menèhdéning Gusti Yésus. Panjenengané nulindedonga kaping teluné. Pandonganékaya sing uwis.45Sawisé mengkono banjur murugi paramuridé menèh lan ngandika: "Apa kowéisih padha turu lan ngaso? Delengen!

MATIUS 26.46–51 164

Saiki Putrané Manungsa kaulungakémarang pangwasané wong-wong dosa.46Padha tangia, ayo padha lunga.Delengen! Wong sing arep ngulungakéAku wis ana ing kéné."47Nalika Gusti Yésus lagi ngandika,Yudas, panunggalané murid rolas,teka. Bareng karo Yudas iya ana wongakèh padha teka, nggawa pedhang lanpenthung. Wong-wong mau dikongkondéning para pengareping imam lan parasesepuhé bangsa Yahudi.48Yudas wis awèh tandha marangwong akèh mau, mengkéné: "Singdakambung, yakuwi wongé. Cekelen!"49Satekané ing panggonan kono,Yudas terus marani Gusti Yésus lanmatur: "Sugeng dalu, Pak Guru!" Banjurngambung Gusti Yésus.50Pangandikané Gusti Yésus: "Sanak,kowé arep apa?" Wong akèh kuwi banjurpadha maju sarta nyepeng Gusti Yésus.51 Ing kono ana salah sawijining wongsing ndhèrèkaké Gusti Yésus ngunuspedhangé, lan disabetaké marangabdiné imam agung, kena kupingénganti perung.

MATIUS 26.52–56 16552Gusti Yésus nuli ngandika marangpendhèrèk mau: "Pedhangmu rangkaknamenèh, sebab kabèh wong sing matèniklawan pedhang, bakal mati déningpedhang.53Apa kokkira Aku ora bisa nyuwunmarang Rama-Ku, lan Panjenenganéapa ora bakal sanalika ngutus malaékatluwih saka rolas bregada?f54Nanging saupama mengkono, banjurkepriyé bisané kelakon apa sing wisdiweca ing Kitab Suci, yèn iki kabèh kudukaleksanan kaya sing kelakon saiki?"55Gusti Yésus nuli ngandika marangwong akèh mau: "Apa rumangsamu Akuiki bégal, déné olèhmu arep nyekel Akundadak nggawa pedhang lan penthung?Apa Aku ora saben dina memulangana ing Pedalemané Allah; kokorakokkapak-kapakaké?56Nanging kabèh iki kedadéan kayamengkéné, supaya kelakon apa sing wisditulis déning para nabi ana ing KitabSuci." Sawisé kuwi para muridé GustiYésus nuli padha ninggal Panjenenganélan padha mlayu kabèh.

fbregada: pasukan, ,tembungipun ing basaIndonesia: Satuan tentara.

MATIUS 26.57–61 16657Wong-wong sing padha nyekel GustiYésus banjur ngirid Panjenenganémenyang dalemé Imam Agung Kayafas.Para ahli Torèt lan para sesepuhé bangsaYahudi wis padha nglumpuk ana ingkono.58 Ing nalika semana Pétrus ngetutakéGusti Yésus saka kadohan, ngantitekan dalemé Imam Agung. Pétrusbanjur mlebu ing pekarangan kono lanlungguh bareng karo para wong jaga.Pétrus kepéngin weruh, kepriyé bakalkerampungané kedadéan kuwi maukabèh.59Para pengareping imam lan parawargané Pradataning Agama kabèhpadha ngudi, supaya olèh seksi-seksipalsu, sing njalari Gusti Yésus kenadipatrapi paukuman pati.60Senajan akèh wong sing padha majugelem dadi seksi, nanging paseksinémau ora ana bukti-buktiné. Wusana anawong loro sing maju,61 lan matur: "Tiyang menika natémungel: ‘Aku bisa mbubrah PedalemanéAllah lan bisa mbangun menèh sajronételung dina.’"

MATIUS 26.62–66 16762 Imam Agung banjur jumeneng lanngandika marang Gusti Yésus: "Apakowé ora mangsuli pandakwané wongkuwi?"63Nanging Gusti Yésus kèndel waé.Imam Agung banjur ngandika menèh:"Demi Allah kang gesang, saiki kowékandhaa marang aku nganggo sumpah,apa kowé ngaku, yèn kowé kuwi SangKristus, Putrané Gusti Allah?"64Gusti Yésus ngandika: "Inggih, leres.Wiwit samenika panjenengan badhémirsani Putranipun Manungsa pinaraking tengenipun Gusti Allah, IngkangMahakwaos, lan rawuh nitih méganinglangit."65Mireng pangandikané Gusti Yésusmau, Imam Agung nuli nyuwèk-nyuwèkagemané, sarta ngandika: "Wong ikinyenyamah marang Gusti Allah! Wisora prelu seksi menèh! Kowé kabèhpadha krungu dhéwé enggoné nyewiyahmarang Gusti Allah.66Saiki kepriyé penemumu?" Singdidangu padha mangsuli: "Tiyangmenika lepat, lan kedah dipun ukumpejah."

MATIUS 26.67–73 16867Gusti Yésus nuli diidoni lan diantemidéning wong-wong mau. Ana uga wongsing ngampleng Panjenengané68karo muni: "Coba, bedhèken, SangKristus! Sapa sing ngampleng kowé?"69Nalika semono Pétrus lagi linggih anaing njaba, ing pekarangan. Ana abdinéwadon Imam Agung nyedhaki Pétruslan kandha karo Pétrus: "Sampéyan rakenggih tumut kalih Yésus, tiyang Galiléanika ta?"70Nanging Pétrus sélak ing ngarepéwong kabèh, tembungé: "Kula mbotenngertos napa sing sampéyan kandhakakéniku."71Pétrus nuli lunga saka ing kono,menyang régol. Ana abdi wadon liyanésing weruh Pétrus. Wong mau nulikandha karo wong-wong sing padha anaing kono: "Wong iki rak iya sing gawénémèlu Yésus, wong Nasarèt kuwi ta?"72Nanging Pétrus banjur sélak menèh,malah karo sumpah: "Kula èstu mbotenwanuh kalih tiyang niku."73Ora let suwé wong-wong sing padhaana ing kono padha marani Pétrus, lankandha: "Kowé mesthi iya klebu wong

MATIUS 26.74–27.4 169

sing padha mèlu Yésus. Kuwi cetha sakapocapanmu."74Pétrus banjur sumpah menèh:"Wantun pejah, èstu kula mboten kenalkalih tiyang niku." Sanalika banjur anajago kluruk.75Pétrus kèlingan apa singdingandikakaké déning Gusti Yésus:"Sadurungé jago kluruk, kowé bakalsélak nganti ping telu, yèn kowé kenalkaro Aku." Pétrus nuli metu sakapekarangan, sarta nangis kelara-lara.

271Ésuké kabèh pengareping imamlan para sesepuhé bangsa Yahudi

padha gawé putusan arep nyédani GustiYésus.2Panjenengané banjur dibanda, nulidiirid, kapasrahaké marang Pilatus,gubernur pepréntahan Rum ing wilayahkono.3Nalika Yudas, sing ngulungaké GustiYésus ngerti yèn Panjenengané bakaldiukum pati, dhèwèké keduwung, banjurmbalèkaké dhuwité telung puluh sèkelselaka marang para pengareping imamlan para sesepuhé bangsa Yahudi.4Aturé: "Kula sampun damel dosa,déné ngulungaken tiyang ingkang

MATIUS 27.5–10 170

mboten lepat, ngantos dipun ukumpejah." Nanging para pengareping imamsarta para sesepuh mau padha mangsuli:"Preduli apa, kuwi rak urusanmu dhéwé!"5Yudas banjur nguncalaké dhuwit mauana ing Pedalemané Allah, nuli lunga lanngendhat.6Para pengareping imam nuli padhanjupuki dhuwit mau lan muni: "Iki dhuwitgetih, dadi ora kena dilebokaké ana ingpethi pisungsung ing Pedalemané Allah."7Sawisé padha sarujuk, dhuwit maunuli dienggo tuku lemahé tukang grabah.Lemah mau digawé kuburan kanggongubur wong neneka sing mati ing kono.8Mulané tekan sepréné palemahan maudisebut Hakeldama, tegesé: PalemahanGetih.9Srana mengkono kelakon temenanapa sing dingandikakaké déning NabiYérémia, mengkéné: "Padha nampanidhuwit telung puluh sèkel selaka, yakuwiregané wong siji sing disarujuki déningbangsa Israèl.10Dhuwit mau nuli dienggo tukupalemahan kundhi, kaya singdidhawuhaké déning Pangéranmarang aku."

MATIUS 27.11–17 17111Gusti Yésus banjur dipriksa déningPilatus, gubernur ing negara kono.Pilatus ndangu: "Apa kowé ratuné wongYahudi?" "Inggih, leres!"12Nanging bareng para pengarepingimam lan para sesepuhé bangsa Yahudipadha ngajokaké pandakwa-pandakwamarang Gusti Yésus, Panjenengané orakersa mangsuli babar-pisan.13Mulané Pilatus ngandika marangGusti Yésus: "Apa kowé ora nggatèkakégugatan-gugatan sing diajokaké marangkowé kuwi?"14Nanging Gusti Yésus ora nanggapipitakoné gubernur mau, nganti gubernurgumun banget.15Wis dadi padatan ing wektu semana,saben dina Paskah, gubernur ngluwariwong ukuman siji, sing disuwun déningwong akèh.16Nalika semono ana wong ukumansing dikunjara. Jenengé Yésus Barabas.17Bareng wong sing padha nglumpukwis akèh, Gubernur Pilatus nuli ngandikamarang wong akèh mau: "Sapa singkoksuwun luwar, Yésus Barabas apaYésus, sing ketelah Kristus?"

MATIUS 27.18–22 17218Enggoné ngandika mengkono mau,awit Pilatus mirsa yèn wong Yahudienggoné masrahaké Gusti Yésus kuwimerga saka drengkining atiné.19Nalika Pilatus lagi lenggah ing kursipengadilan, garwané ngutus supayamatur marang Pilatus mengkéné:"Panjenengan sampun tumut-tumut ingprekawisipun tiyang mursid menika, awitkala wau dalu kula supena sarta kraossedhih sanget margi Panjenenganipun."20Nanging para pengareping imamlan para sesepuhé bangsa Yahudi teruspadha ngojok-ojoki wong akèh kangana ing kono, supaya nyuwun marangPilatus ngluwari Barabas lan nyédaniGusti Yésus.21Pilatus banjur ndangu menèh marangwong akèh mau: "Wong loro kuwi,sing endi sing kokkarepaké dakluwari?"Wong akèh mau nuli padha mangsuli:"Barabas!"22Pilatus banjur ndangu menèh: "Yènmengkono, banjur Yésus sing disebutKristus kuwi karepmu dakkapakaké?"Wong akèh mau saur manuk, aturé:"Dipun salib kémawon."

MATIUS 27.23–29 17323Pendanguné Pilatus menèh: "Nangingapa keluputané wong iki?" Wong akèhmau malah saya seru pambengoké:"Kasaliba!"24Pilatus pirsa yèn pambudidayasaterusé wis ora ana gunané, malah bisanjalari kaanané saya tambah kisruh.Mulané banjur mundhut banyu, nuli wijikasta ana ing ngarepé wong akèh, sartangandika: "Aku ora tanggung jawabtumrap getihé wong iki! Kuwi urusanmudhéwé!"25Wong akèh mau nuli mangsulibebarengan: "Inggih, kersanipun kulalan anak-anak kula ingkang nyanggipaukumanipun."26Pilatus nuruti karepé wong akèh,Barabas diluwari, lan dhawuh supayaGusti Yésus disiksa, sabanjurédipasrahaké supaya disalib.27Para prejurité Pilatus banjur ngiridGusti Yésus mlebu gedhong gubernuran,nuli padha nglumpuk saubengé GustiYésus.28 Jubah agemané Gusti Yésus dijupuk,diganti jubah wungu.29Prejurit-prejurit mau nuli gawémakutha saka caranging wit-witan

MATIUS 27.30–34 174

sing ana eriné. Makutha eri maunuli diagemaké ing mestakané GustiYésus. Para prejurit mau nuli njupukteken, dicepengaké ing astané GustiYésus sing tengen. Sawisé kuwibanjur padha sujud ing ngarsané, karomoyoki Panjenengané: "Ngaturakenkasugengan, ratunipun tiyang Yahudi!"30Prejurit-prejurit mau padha ngidoniGusti Yésus, njupuk teken sing diastadéning Panjenengané, lan digebugakéing mestakané.31Sawisé rampung enggonényenyamah, jubah wungu singdiagemaké Gusti Yésus disalini agemanépiyambak menèh, banjur diirid metu,arep disalib.32Ana ing dalan sing metu saka kutha,para prejurit sing ngirid Gusti Yésus maukepethuk wong sing jenengé Simon,asalé saka Kiréné. Simon mau dipeksadéning para prejurit manggul salibéGusti Yésus.33Lakuné banjur tekan panggonan singaran Golgota, sing tegesé: PanggonanCumplung.34 Ing kono Gusti Yésus dicaosi unjukananggur sing dicampuri rempelu. Sawisé

MATIUS 27.35–41 175

dikedhapi, Gusti Yésus ora kersangunjuk.35Gusti Yésus nuli disalib, agemanédiedum-edum nganggo dilotré.36Para prejurit nuli padha linggih anaing kono, njaga Gusti Yésus.37 Ing sandhuwuring mestakanédipasangi tulisan, sing nerangaképendakwa tumrap Panjenengané, uniné:"Iki Yésus, wong Nasarèt, ratuné wongYahudi."38Nalika semana ana bégal loro singdisalib bebarengan karo Gusti Yésus,sing siji ana ing sisih tengené, sijiné anaing sisih kiwané.39Wong-wong sing padha liwat ing konopadha gèdhèg-gèdhèg, sarta moyokiGusti Yésus.40Padha muni mengkéné: "Kowé singarep mbubrah Pedalemané Allah lanmbangun menèh sajroné telung dina!Yèn kowé nyata Putrané Allah, cobaluwarana awakmu dhéwé! Mudhuna sakasalib!"41Mengkono uga para pengarepingimam lan para ahli Torèt sarta parasesepuhé bangsa Yahudi padha moyokiGusti Yésus. Padha muni mengkéné:

MATIUS 27.42–48 17642 "Wong liya diluwari, nanging ngluwariawaké dhéwé ora bisa! Wong iki rakRatuné Israèl ta? Bèn mudhun sakasalib, nuli aku bakal padha precaya.43Dhèwèké ngendelaké Gusti Allah, lankandha yèn dadi Putrané Allah. Saikipadha dideleng waé, apa Gusti Allahbakal nylametaké dhèwèké."44Para bégal sing padha disalib iyapadha mèlu-mèlu moyoki Gusti Yésus.45Wiwit jam rolas awan, ing satanahkono dadi peteng, suwéné telung jam.46Bareng kira-kira jam telu soré, GustiYésus nguwuh-uwuh klawan swara sora:"Èli, Èli, lama sabakhtani?," sing tegesé:Dhuh Allah, dhuh Allah, kénging menapaKawula Paduka tégakaken?47Wong sawetara sing padhangadeg ana ing kono padha ngrungupangandikané Gusti Yésus mau, nulipadha muni: "Wong kuwi ngundangÉlia!"48Ana wong siji sing énggal-énggalnjupuk kembang karang lan dicelupakéana ing anggur kecut. Kembang karangmau digawèkaké garan saka glagah, nulidicaosaké Gusti Yésus, supaya dicecep.

MATIUS 27.49–55 17749Nanging wong-wong liyané padhamuni: "Mengko dhisik, coba dientèni, apaÉlia teka temenan, ngluwari dhèwèké!"50Gusti Yésus banjur nguwuh menèhklawan swara sora, nuli séda.51Nalika semono geber sing gumantunging Pedalemané Allah suwèk dadiloro, wiwit saka ing ndhuwur tekaning ngisor. Bumi gonjang-ganjing langunung-gunung karang padha bengkah.52Kuburan-kuburan padha menga, lanakèh umaté Gusti Allah sing wis padhamati, diuripaké menèh.53Sawisé Gusti Yésus wungu saka ingséda, wong-wong mau padha metu sakakuburané, banjur padha mlebu ing kuthaYérusalèm. Ing kono akèh wong singpadha weruh.54Komandhan dalasan para prejuritésing padha njaga Gusti Yésus, barengana lindhu lan nyipati kabèh sing kelakonmau, padha wedi banget. Nuli padhamuni: "Nyata, Panjenengané kuwiPutraning Allah!"55 Ing kono akèh wong wadon singlagi padha ngawasaké saka kadohan.Wong-wong kuwi sing mauné padha

MATIUS 27.56–62 178

ndhèrèkaké Gusti Yésus saka ing tanahGaliléa, prelu ngladosi Panjenengané.56Kayata: Maryam Magdaléna, Maryamibuné Yakobus lan Yusuf, tuwin somahéZébedéus.57Bareng wis soré, ana wong sugihsaka Arimatéa teka. Jenengé Yusuf.Yusuf kuwi muridé Gusti Yésus,58 sowan marang Gubernur Pilatus,nyuwun layoné Gusti Yésus. Pilatusnuli dhawuh supaya layoné Gusti Yésusdiwènèhaké Yusuf.59Yusuf banjur njupuk layon mau, nulidiulesi nganggo mori putih memplak.60Layoné Gusti Yésus mau banjurdisarèkaké ana ing kuburané Yusufdhéwé, sing isih anyar. Kuburan mauwujud guwa sing digrowong ing padhas.Sawisé nutup lawanging pesaréannganggo watu gedhé, Yusuf banjurlunga.61Maryam Magdaléna lan Maryam sijinépadha kèri ana ing kono, lungguh ingsangareping pesaréan.62Ésuké, yakuwi dina Sabbat, parapengareping imam lan para wong Farisipadha bebarengan sowan ana ingngarsané Gubernur Pilatus.

MATIUS 27.63–28.1 17963Lan padha matur: "Bapak Gubernur,kawula sami kèngetan, bilih jurupenasaran menika nalika taksih gesang,naté mungel mekaten: ‘Sawisé telungdina Aku bakal urip menèh!’64Mila prayogi menawi panjenengandhawuh supados kuburipun kajagi,ngantos tigang dinten. Sebab menawimboten mekaten, para muridipun samisaged nyolong layon wau, lajeng sanjangdhateng tiyang-tiyang sanès: ‘GustiYésus urip menèh.’ Srana mekatenbadhé tuwuh penasaran énggal, ingkanglangkung awon ketimbang kaliyaningkang rumiyin."65Pilatus banjur dhawuh: "Wis,nggawaa prejurit, kuburané jaganensaprayogané."66Wong-wong mau nuli padha mangkatmenyang pesaréané Gusti Yésus.Pesaréan mau disègel, lan watu singkanggo nutup pesaréan mau dicap.Sawisé kuwi banjur akon para prejuritjaga ana ing kono.

281Bareng dina Sabbat wis kliwat,ing dina Minggu ésuk umun-

umun, Maryam Magdaléna lan Maryam

MATIUS 28.2–7 180

sijiné padha lunga niliki pesaréané GustiYésus.2Dumadakan ana lindhu gedhé banget.Ana malaékat tumedhak saka ingswarga, banjur ngglundhungaké watututupé pesaréan, nuli lenggah ana ingwatu mau.3Pasuryané malaékat kuwi mencoronglan agemané putih memplak.4Prejurit sing padha jaga ana ing kono,saking wediné, nganti padha gumeterlan pucet kaya wong mati.5Malaékat mau nuli ngandika marangpara wong wadon sing padha nilikipesaréan mau mengkéné: "Aja padhawedi! Aku ngerti yèn kowé padhanggolèki Yésus sing mentas disalib.6Panjenengané ora ana ing kéné, wiswungu, cocog karo sing dingandikakakédhèk biyèn. Coba delengen panggonantilasé.7Mulané padha énggal balia lanmènèhana weruh marang para muridé,yèn Panjenengané wis wungu, lan saikitindak ndhisiki lakumu menyang tanahGaliléa. Ing kana kowé bakal ketemukaro Panjenengané! Padha élinga

MATIUS 28.8–12 181

marang sing dakkandhakaké marangkowé iki!"8Para wong wadon mau nuli énggal-énggal padha mangkat saka ingpesaréan kono, kanthi rasa wedi campurbungah. Lakuné rikat banget, sebabsélak kepéngin mènèhi weruh marangpara muridé Gusti Yésus bab lelakonkuwi mau.9Dumadakan Gusti Yésus methukiwong-wong wadon mau lan ngandika:"Salam." Wong-wong mau nuli padhanyedhaki, banjur padha nyungkemisampéyané!10Gusti Yésus banjur ngandika: "Ajapadha wedi. Balia ngandhani sedulur-sedulur-Ku, supaya padha mangkatmenyang ing tanah Galiléa. Ing konobakal padha ndeleng Aku."11Nalika para wong wadon lagi budhal,ana prejurit sawetara sing padhajaga pesaréan, lunga menyang kuthaYérusalèm, prelu nglapuraké marangpara pengareping imam, bab apa singkelakon kabèh.12Para pengareping imam mau nulipadha rembugan karo para sesepuhébangsa Yahudi. Wong-wong mau nuli

MATIUS 28.13–18 182

padha gawé putusan, mbeseli paraprejurit mau nganggo dhuwit akèh.13Déné para prejurit mau padhadiweling: "Kowé padha mertak-mertakna, yèn para muridé Yésus padhateka ing wayah bengi, lan nyolonglayoné, nalika kowé padha mbeneri turu.14Yèn Bapak Gubernur mireng babkuwi, aku bakal padha matur marangpanjenengané, supaya kowé oradiukum."15Para prejurit nuli padha nampanidhuwité, lan nindakaké apa singdiwelingaké déning para pengarepingimam lan para sesepuhé bangsa Yahudimau. Critané para prejurit mau banjursumebar ing tengahé masarakat Yahudi,nganti sepréné.16Para muridé Gusti Yésus, wongsawelas, nuli padha mangkat menyangtanah Galiléa. Tekan ing kana banjurmunggah ing gunung sing wisdingandikakaké déning Gusti Yésus.17Bareng padha ndeleng Panjenenganénuli padha nyembah sujud. Nanging anamurid sawetara sing mangu-mangu.18Gusti Yésus banjur nyelaki lanngandika mengkéné: "Sakèhing

MATIUS 28.19–20 183

pangwasa ing swarga lan ing bumi wisdiparingaké déning Sang Rama marangAku.19Mulané padha lungaa, marananabangsa-bangsa ing salumahing bumikabèh, padha dadèkna murid-Ku. Padhabaptisen ing Asmané Sang Rama. SangPutra lan Sang Roh Suci.20Apa déné padha wulangen mbangun-turut marang sakèhing piwulang singwis Dakwulangaké marang kowé. Padhatitènana, yèn Aku tansah nunggalkaro kowé nganti tekan pungkasaningjaman."

Markus

11 Iki Injil bab Gusti Yésus Kristus,Putrané Allah.

2 Injil iki wiwité kaya sing ditulisdéning Nabi Yésaya, mengkéné: "‘Ikiutusan-Ku’, mengkono pangandikanéGusti Allah, ‘sing teka sadurungé kowé,supaya nyawisaké dalan-Mu.’3Ana ing ara-ara samun ana wongnguwuh-uwuh, ‘Padha cawisna dalankagem Gusti; dalan-dalan sing arepdiambah padha ratanen!’"4Ya kaya mengkono Nabi Yohanesrawuh ana ing ara-ara samun. NabiYohanes mbaptis lan mulang wong-wong bab pawarta saka Gusti Allah.Pangandikané: "Kowé padha mratobata,ninggala dosa-dosamu lan nglakonanadibaptis, temah Gusti Allah bakalngapura dosa-dosamu."5Akèh wong saka tanah Yudéa lansaka kutha Yérusalèm padha tekangrungokaké piwulangé Nabi Yohanes.Wong-wong mau padha ngakoni dosa-

MARKUS 1.6–11 2

dosané lan padha dibaptis déning NabiYohanes ana ing Kali Yardèn.6Sandhangané Nabi Yohanes kuwidigawé saka wulu unta, sabuké sakalulang. Déné sing didhahar walang lanmadu alas.a7Nabi Yohanes ngandika marang wongakèh mau mengkéné: "Sapungkurkubakal ana Wong teka, sing kwasanéngluwihi aku. Nguculi taliné sepatu waéaku ora pantes.8Aku mbaptis kowé nganggo banyu,nanging Wong mau bakal mbaptis kowénganggo Roh Suci."9Ora let suwé Gusti Yésus rawuh sakakutha Nasarèt, ing tanah Galiléa. GustiYésus mau nuli dibaptis déning NabiYohanes ana ing Kali Yardèn.10Bareng mentas saka kali mau, GustiYésus pirsa langité kawiyak lan SangRoh Suci sing katoné kaya manuk dara,tumurun nedhaki Panjenengané.11Banjur ana swara saka ing langitngandika mengkéné: "Kowé kuwiPutra-Ku sing Daktresnani. Kowé singgawé renaning penggalih-Ku."

amadu alas: maben (madu) ingkang pinanggihing wana.

MARKUS 1.12–17 312Sawisé kuwi, saka panuntuning SangRoh Suci Gusti Yésus banjur tindakmenyang ara-ara samun.13Ana ing kono lawasé patangpuluh dina, digodha déning Iblis. Ingpanggonan kono uga ana kéwan-kéwanégalak, nanging para malaékat padhateka ngladosi Panjenengané.14Bareng Nabi Yohanes dikunjara, GustiYésus nuli tindak menyang tanah Galiléamemulang bab Injiléb Gusti Allah.15Pangandikané: "Saiki wis wayahéGusti Allah ngedegaké Kratoné. Padhamratobata, ninggala dosa-dosamu lanprecayaa marang Injil."16Nalika Gusti Yésus tindak ingsauruting pesisiré Tlaga Galiléa,Panjenengané pirsa Simon lan seduluré,sing jeneng Andréas. Simon lan Andréasmau lagi padha njala iwak ing tlagakono.17Pangandikané Gusti Yésus marangSimon lan Andréas mau: "Padha mèluaAku. Kowé bakal Dakwarahi njala wong."bInjil: tegesipun pawartos kabingahan sakingGusti Allah, ingkang paring pangapuntening dosalan gesang langgeng dhateng saben tiyangingkang pitados dhateng Gusti Yésus, PutranipunAllah.

MARKUS 1.18–24 418Sanalika wong loro mau ninggaljalané lan ndhèrèk Gusti Yésus.19Gusti Yésus nerusaké tindaké lanpirsa menèh wong loro kakang-adhi,yakuwi Yakobus lan Yohanes, anak-anakéZébedéus. Wong loro mau lagi padhaana ing prau, nyulami jalané.20Bareng Gusti Yésus pirsa, nuliuga ditimbali. Sekaroné nuli ninggalZébedéus, bapakné, lan para buruhé anaing prau, banjur ndhèrèk Gusti Yésus.21Gusti Yésus lan para muridé enggonétindak wis tekan kutha Kapèrnaum.Ing dina Sabbat candhaké, Gusti Yésusmlebet ing sinagogéc lan miwiti mulang.22Wong-wong sing ngrungokaké padhagumun bab carané mulang. Enggonémulang kanthi pangwasa, ora kayapamulangé ahli Torèt.23Nalika Gusti Yésus lagi mulang mau,dumadakan ana wong kepanjingandhemit mlebu ing sinagogé kono, karobengok-bengok,24 "Yésus wong Nasarèt, aku arepkokkapakaké? Apa teka-Mu mréné arepmatèni aku? Aku ngerti kowé kuwi sapa:

csinagogé: menika papan pangibadahipun tiyangYahudi.

MARKUS 1.25–31 5

Kowé kuwi Wong suci, utusané GustiAllah!"25Roh mau nuli disentak Gusti Yésus,pangandikané: "Meneng, metua sakawong kuwi!"26Dhemit mau nuli ngontang-antingakéwongé, banjur metu karo jerit-jerit.27Wong kabèh padha ndomblong mergasaka gumuné, lan padha rasanan: "Wah,hébat banget. Iki piwulang anyar, singapik banget. Wong kuwi koksekti temen!Bisa mréntah marang dhemit, lan dhemitsing didhawuhi kokiya manut!"28Krana lelakon mau kabar bab GustiYésus cepet banget sumebar ana ingtanah Galiléa.29Sawisé kuwi Gusti Yésus lan paramuridé nuli metu saka sinagogé lanmenyang omahé Simon lan Andréas.Yakobus lan Yohanes uga padha ndhèrèk.30Nalika semono ibuné maratuwaSimon lagi lara panas, nggluntung anaing peturon. Bareng Gusti Yésus lan singpadha ndhèrèk tekan kono, Gusti Yésusnuli diaturi pirsa bab larané wong mau.31Gusti Yésus nuli marani sing lara.Tangané wong mau dicandhak lan wongé

MARKUS 1.32–38 6

ditangèkaké. Larané panas nuli mari, lanbanjur ngladèni para tamuné.32Bareng srengéngéné surup, wong-wong padha nggawa sakèhing wong singlara lan wong sing kepanjingan dhemit,disowanaké marang Gusti Yésus.33Wong sakutha padha nglumpuk anaing lataré omah.34Gusti Yésus banjur marasakéwong-wong mau sing padha nandhanglara rupa-rupa lan uga nundhungidhemit akèh. Gusti Yésus ora nglilanidhemit-dhemit mau caturan, sebabdhemit-dhemit kuwi padha ngerti GustiYésus kuwi sapa.35Ésuké, isih umun-umun, Gusti Yésuswungu saré, terus tindak menyangpanggonan sing sepi, prelu ndedonga.36Panjenengané nuli digolèki déningSimon lan kanca-kancané.37Bareng wis ketemu, nuli padhamatur: "Guru, sedaya tiyang madosiPanjenengan."38Nanging Gusti Yésus ngandika:"Kita kudu nerusaké laku kita menyangdésa-désa liyané ing sakiwa-tengenékéné. Aku uga kudu martakaké Injil

MARKUS 1.39–44 7

ana ing kono, sebab yakuwi prelunéenggon-Ku teka mréné."39Mulané Gusti Yésus nuli ndlajahisetanah Galiléa kabèh. Panjenenganémartosaké Injil ana ing sinagogé-sinagogé lan nundhungi dhemit-dhemit.40Ana wong lara kusta sowan ingngarsané Gusti Yésus. Wong maujèngkèng, lan nyuwun supaya GustiYésus kersa paring pitulungan. Aturé:"Guru, menawi Panjenengan kersa,Panjenengan saged nyarasaken kula."41Gusti Yésus mesakaké marang wongmau. Mulané banjur mulung astané.Wong mau didemèk lan ngandika: "Akukersa. Warasa!"42Sanalika lelarané ilang, lan wongmau dadi waras.43Gusti Yésus nuli ndhawuhi lungawong mau, karo diweling mengkéné:44 "Poma, kowé aja kandha sapa-sapabab enggonmu wis diwarasaké. Terussowana waé marang imam, lan nyuwunaimam mau mriksa awakmu. Sawisékuwi kowé nyaosna kurban marangGusti Allah, manut prenatané NabiMusa, kanggo mbuktèkaké marang

MARKUS 1.45–2.4 8

wong-wong, yèn kowé wis maritemenan."45Nanging salungané saka kono, wongmau wiwit nyebaraké pawarta kuwitekan ngendi-endi. Mulané saben wongbanjur ngerti, nganti Gusti Yésus orabisa ngèdhèng mlebu ing kutha endiwaé. Temah Panjenengané kèndel anaing sanjabané kutha, ing panggonan-panggonan sing sepi. Éwasemono wongsaka ngendi-endi meksa padha tekamarani Panjenengané.

21Sawisé sawetara dina GustiYésus rawuh menèh ing kutha

Kapèrnaum. Wong akèh padha krungu,yèn Panjenengané ana ing ndalem,2mula akèh wong sing padha tekamrono. Saking akèhé wong sing padhangumpul ana ing kono, nganti ora anapanggonan sing sela. Malah ngareplawang waé uga kebak wong. GustiYésus nuli mulangaké dhawuhé GustiAllah.3Satengahé memulang, dumadakanana wong lumpuh arep disowanaké.Wong mau digotong wong papat.4Nanging saking akèhé wong,wong lumpuh mau ora bisa digawa

MARKUS 2.5–8 9

menyang ngarsané Gusti Yésus. Mulanéwong-wong sing padha nggotong nulipadha mbukak payoning omah, passandhuwuré panggonan sing dilenggahiGusti Yésus. Sawisé kuwi wong singlumpuh mau nuli diudhunaké ana ingngarsané Gusti Yésus, gumléthak ingpeturon lambaran klasa.d5Bareng Gusti Yésus mirsa gedhéningpengandelé wong-wong mau,Panjenengané nuli ngandika marangwong sing lumpuh mau: "Anak-Ku,dosa-dosamu wis diapura."6Nalika semono ana para ahli Torètsawetara sing uga padha lungguhana ing kono. Wong-wong mau padhambatin:7 "Wong kuwi kokwani-waninényenyamah marang Gusti Allah kayamengkono. Awit mung siji sing bisangapura dosa, yakuwi Gusti Allahpiyambak!"8Sanalika iku uga Gusti Yésus pirsa apasing dibatin déning para ahli Torèt mau.Mulané nuli ngandika: "Yagéné kowépadha duwé pikiran mengkono?

dlambaran klasa: karo klasané.

MARKUS 2.9–14 109Luwih gampang endi, muni marangwong lumpuh iki ‘Dosamu wis diapura,’karo muni ‘Tangia, peturonmu angkatenlan mlakua?’10Aku kepéngin nuduhaké marangkowé yèn Putraning Manungsa kwasangapura dosa ana ing bumi kéné." GustiYésus nuli ngandika marang sing lumpuhmau,11 "Dhawuh-Ku marang kowé, tangia,peturonmu angkaten lan muliha!"12Ana ing sangarepé wong akèh wongsing lumpuh mau ngadeg maknyat,ngangkat peturoné, banjur lunga. Wongkabèh padha kaéraman lan memujimarang Gusti Allah. Wong-wong maupadha muni: "Lelakon kaya ngéné ikikita durung tau ngalami."13Sawisé lelakon mau Gusti Yésustindak menèh menyang sapinggiringTlaga Galiléa. Akèh wong sing padhamarani. Gusti Yésus banjur mulangwong-wong mau.14Nalika lagi tindak Gusti Yésus pirsapegawé pajeg, jenengé Lèwi anakéAlféus, lagi lungguh ana ing kantoré.Gusti Yésus nimbali wong mau: "Lèwi,

MARKUS 2.15–18 11

mèlua Aku." Lèwi nuli ngadeg lanndhèrèk Gusti Yésus.15Sawisé kuwi Gusti Yésus diaturidhahar ana ing omahé Lèwi. Nalikasemana pinuju akèh pegawé pajeg lanwong-wong sing dianggep ala déningmasarakat, padha ndhèrèkaké GustiYésus. Ing antarané wong-wong mauakèh sing mangan tunggal saméja karoGusti Yésus lan para muridé.16Ana para ahli Torèt sawetara, sakagolongané wong Farisi, weruh GustiYésus dhahar bebarengan karo pegawépajeg lan wong-wong sing dianggep aladéning masarakat mau. Mulané para ahliTorèt mau nuli padha takon marang paramuridé: "Yagéné Gurumu kokdhaharbebarengan karo pegawé pajeg lanwong-wong ala kuwi?"17Mireng pitakoné para ahli Torèt mauGusti Yésus nuli ngandika: "Wong singwaras mono ora mbutuhaké dhokter;mung wong sing lara waé. Teka-Ku oranimbali wong sampurna, nanging wongdosa."18Nalika semono para muridé NabiYohanes Pembaptis lan para wong Farisilagi padha pasa. Nuli ana wong sawetara

MARKUS 2.19–22 12

padha sowan marang Gusti Yésus lannyuwun pirsa: "Menapa sebabipundéné murid-muridipun Nabi YohanesPembaptis lan para muridipun tiyangFarisi sami siyam, nanging para muridPanjenengan kokmboten?"19Gusti Yésus ngandika: "Apa kowé tautumon ana tamu ing panggonané wongmantu padha pasa? Sajroné pengantènlanang isih nemoni tamuné, para tamumesthi padha mangan.20Nanging samangsa pengantèn lanangmau dibedhol lan ninggal tamu-tamuné,lagi para tamu mau padha ora mangan.21Ora ana wong sing nambal klambilawas nganggo bakal sing anyar. Awitsaupama mengkono, bakal anyar kuwimalah bakal nyuwèkaké klambi singlawas mau. Dadi suwèké malah sayaamba.22Mengkono uga ora ana wong madhahianggur anyar ana ing impes lulang singwis lawas. Awit saupama mengkono,anggur anyar mau bakal ngrusakakéimpes sing lawas. Temahan loro-loronéora kanggo nggawé. Anggur anyarkuduné diwadhahi ing impes sing ugaanyar!"

MARKUS 2.23–27 1323Pinuju dina Sabbat Gusti Yésus tindakngliwati sawah gandum, kadhèrèkakédéning para sekabat. Para sekabatmau karo mlaku padha nyethuti wulèngandum.24Wong-wong Farisi nuli padha maturmarang Gusti Yésus: "Panjenenganpirsani, para sekabat Panjenengan saminerak prenataning agami kita; saminindakaken prekawis ingkang dipunawisi ing dinten Sabbat!"25Gusti Yésus ngandika: "Apa kowédurung tau maca bab apa singditindakaké déning Sénapati Dawud,nalika panjenengané lan para prejuritépadha keluwèn, mangka ora duwéapa-apa sing kena dipangan?26Sénapati Dawud banjur mlebu ingPedalemané Allah, lan dhahar roticecaosan, sing mesthiné mung kenadipangan déning para imam thok. Nalikasemono sing dadi Imam Agung Abyatar.Roti cecaosan mau didhahar, malah paraprejurité uga diparingi."27Gusti Yésus mbacutaképangandikané: "Dina Sabbat kuwigunané kanggo manungsa, orakokmanungsa kanggo dina Sabbat.

MARKUS 2.28–3.5 1428Mula Putraning Manungsa kuwi ugakwasa ing ngatasé dina Sabbat."

31Gusti Yésus tindak menyangsinagogé menèh. Ing kono ana wong

sing tangané céko siji.2Lan ing kono uga ana wong-wong singarep nggolèki salahé Gusti Yésus, supayabisa nggugat marang Panjenengané.Mulané wong-wong mau tansah padhangawasaké, apa Panjenengané arepmarasaké wong ing dina Sabbat.3Gusti Yésus dhawuh marang wongsing tangané céko sesisih mau: "Mrénéa,ngadega ana ing tengah kéné."4Gusti Yésus nuli ndangu marangwong-wong sing ana ing kono: "Miturutprenataning agama, apa sing kenadilakoni ing dina Sabbat? Nindakaképenggawé sing becik, apa sing ala?Nylametaké wong, apa matèni?"Wong-wong mau ora ana sing kumecapsiji-sijia.5Gusti Yésus mirsani wong-wongmau karo duka, nanging uga prihatin,ngraosaké alané lan wangkoting atinéwong-wong mau. Panjenengané nulingandika marang wong sing céko mau:"Tanganmu athungna!" Wong mau nuli

MARKUS 3.6–10 15

ngathungaké tangané, temah dadiwaras.6Wong-wong Farisi nuli padha metusaka sinagogé lan énggal-énggal padharembugan karo wong-wong sakagolongan Hérodès. Wong-wong maupadha ngrancang bab patrapé enggonéarep nyédani Gusti Yésus.7Gusti Yésus lan para sekabaté padhanyingkir menyang Tlaga Galiléa. Akèhbanget wong saka tanah Galiléa singpadha ndhèrèkaké Gusti Yésus.8Éwasemono uga akèh wong singtekané saka tanah sabrangé Kali Yardèn,lan saka sakubengé kutha-kutha Tiruslan Sidon. Wong-wong mau padhakrungu warta bab pakaryané GustiYésus, mulané kabèh nuli padhagumrudug marani Panjenengané.9Saking akèhé wong, Gusti Yésusbanjur ndhawuhi para sekabatényawisaké prau, kagem lenggahPanjenengané, supaya aja diesuk-esukdéning wong akèh mau.10Sarèhné Gusti Yésus wis marasakéwong sepirang-pirang, mulané sabenwong sing duwé lelara terus padha

MARKUS 3.11–16 16

ngesuk, merga kepéngin ndemèkPanjenengané, supaya dadi waras.11Lan wong-wong sing padhakepanjingan dhemit, yèn padha weruhGusti Yésus, nuli padha jèngkènging ngarsané sarta padha mbengok:"Panjenengan menika Putranipun Allah."12Nanging Gusti Yésus menging paradhemit mau ngandhakaké marangwong-wong, bab Panjenengané kuwisejatiné sapa.13Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli minggahing gunung karo wong sawetara singdikersakaké ndhèrèk. Wong-wong maubanjur padha sowan.14Saka wong-wong mau Gusti Yésusmilih wong rolas, sing disebut rasul.Pangandikané Gusti Yésus marang wongrolas mau mengkéné: "Kowé wis Dakpilihsupaya mèlu Aku. Aku uga bakal ngutuskowé martakaké Injiling Allah.15Kowé bakal kaparingan pangwasanundhungi dhemit-dhemit."16Wong rolas sing dipilih déning GustiYésus mau yakuwi: Simon (sing diparabiGusti Yésus: Pétrus),e

ePétrus: saking tembung Yunani, ingkangtegesipun: "Séla karang."

MARKUS 3.17–22 1717Yakobus lan Yohanes, seduluré. Wongloro kuwi padha anaké Zébedéus, singdéning Gusti Yésus padha diparabi:Boanèrgès, sing tegesé: "Anak Gludhug."18Banjur Andréas, Filipus, Bartoloméus,Matius, Tomas, Yakobus anaké Alféus,Tadéus, Simon, sing diparabi: wongkendel,19 sarta Yudas Iskariot, sing ing tembébakal ngulungaké Gusti Yésus.20Gusti Yésus nuli kondur. Nangingwong akèh padha teka menèh, ngantiGusti Yésus lan para sekabaté ora koberdhahar.21Bareng para seduluré GustiYésus padha krungu bab kuwi mau,banjur padha marani, arep njupukPanjenengané, awit wong-wong ngaraniyèn Gusti Yésus wis ora waras.22Para ahli Torèt sing padha tekasaka kutha Yérusalèm padha ngaraniyèn Gusti Yésus wis klebon Iblis.f Anasing muni: "Enggoné bisa nundhungidhemit kuwi merga olèh pangwasa sakapenggedhéné dhemit."

fIblis: utawi Sétan menika pengagengipun paradhemit. Ugi dipun sebut Béèlzebul.

MARKUS 3.23–29 1823Gusti Yésus nuli nimbali wong akèhmau, sarta maringi pasemon sawetara.Pangandikané: "Rak mokal ta, yèn Iblisnundhung Iblis?24Menawa ing sajroning negara anapasulayan, lan para wargané padhamemungsuhan siji karo sijiné, negarakuwi bakal ambruk.25Mengkono uga menawa ing sajroningbrayat ora ana kerukunan, lan warganépadha memungsuhan siji karo sijiné,brayat mau mesthi bakal bubrah.26Mengkono uga menawa ingkratoné Iblis ana pembrontakan lanmemungsuhan, kraton mau mesthi orabisa lestari lan bakal sirna.27Rak ora ana wong sing bisa mlebuing omahé wong sing luwih rosa lannjarah rayah barang-darbèké wongmau? Bisané mung yèn duwé omahmau dibanda dhisik. Sawisé kuwi lagibarang-darbèké kena dirampog.28Élinga! Sakèhing dosané manungsalan sakèhing tembung ala sing diucapakédéning wong, bisa olèh pangapura.29Nanging sapa sing nyenyamah RohSuci, kuwi ora bakal olèh pangapura.Awit dosa kuwi dosa langgeng."

MARKUS 3.30–4.1 1930 (Gusti Yésus ngandika mengkonomau, merga ana wong singkandha yènPanjenengané kuwi kadunungan rohreged.)31Sawisé kuwi mau ibuné lan sedhèrèk-sedhèrèké Gusti Yésus padha teka.Wong-wong mau padha ngentèni anaing njaba, lan padha kongkonan wongngaturi Gusti Yésus supaya miyos.32Nalika semono Gusti Yésus lagidirubung wong akèh. Wong-wong maunuli padha matur: "Guru, ibu tuwinsedhèrèk-sedhèrèk Panjenengan samiwonten ing njawi, badhé kepanggihPanjenengan."33Pangandikané Gusti Yésus: "Ibu-Kusapa? Lan sedulur-sedulur-Ku sapa?"34Gusti Yésus nuli mirsani wong-wongsing padha lungguh ing sakubengé,banjur ngandika: "Iya iki ibu-Ku lansedulur-sedulur-Ku!35Awit sapa sing nglakoni kersané GustiAllah, yakuwi sedulur-sedulur-Ku lananglan sedulur-sedulur-Ku wadon, sartaibu-Ku."

41Gusti Yésus mulang wong-wongmenèh ana ing sapinggiré Tlaga

Galiléa. Akèh banget wong-wong sing

MARKUS 4.2–8 20

padha ngrubung Panjenengané. MulanéPanjenengané kepeksa munggah ana ingprau, sing ana ing tlaga, lan wong akèhmau padha ngadeg ana ing gisik.2Akèh banget prekara-prekara singdiwulangaké déning Gusti Yésus marangwong-wong mau. Enggoné mulangnganggo pasemon-pasemon.3Pangandikané Gusti Yésus mengkéné:"Padha rungokna! Ana wong nyebar wiji.4Nalika nyebar mau ana wiji sing tibaing pinggir dalan. Wiji mau nuli dicucukimanuk nganti entèk.5Wiji liyané ana sing tiba ing padhasan,sing lemahé tipis banget. Wiji maupancèn gelis thukul,6nanging bareng srengéngéné wisdhuwur, wiji mau kepanasen, nuli alumlan dadi garing, merga oyodé ora jerolan lemahé mung sethithik.7Wiji liyané menèh tiba ing panggonansing akèh eriné. Eriné iya thukul lanbareng eri mau saya gedhé, suwé-suwébanjur ngesuk wiji sing wis thukul mau,nganti wiji mau ora bisa metokaké woh.8Nanging uga ana wiji sing tiba inglemah sing subur. Wiji mau thukul, dadigedhé, nuli metokaké woh akèh: Ana

MARKUS 4.9–13 21

sing tikel telung puluh, ana sing tikelsewidak, lan ana sing tikel satus."9Gusti Yésus mungkasi pasemonmau srana ngandika: "Rungokna singtemenan, yèn kupingmu isih kenakanggo ngrungokaké!"10Nalika Gusti Yésus piyambakan, anawong sawetara sing mèlu ngrungokaképangandikané mau padha sowan,bebarengan karo para rasul rolas, padhanyuwun marang Gusti Yésus kersaanerangaké karepé pasemon mau.11Gusti Yésus nuli ngandika marangwong-wong mau: "Kowé wis padhadiwulang bab wewadining Kratoné Allah,nanging tumrap wong-wong njaba,prekara kuwi diwulangaké nganggopasemon.12Sing mengkono kuwi wis dadi kersanéGusti Allah, supaya: ‘Wong-wong mausenajan terus ndeleng, nanging oraweruh, terus ngrungokaké, nangingora ngerti, sebab yèn wong-wong mauweruh lan ngerti, bisa uga wong maunuli padha mratobat lan padha diapuradosané.’"13Gusti Yésus nuli ndangu marangwong-wong mau: "Menawa kowé padha

MARKUS 4.14–19 22

ora ngerti isiné pasemon kuwi, apa kowéngerti tegesé pasemon-pasemon liyané?14Wong nyebar kuwi ibaraté wong singnyebaraké pangandikané Gusti Allah.15Ana kalané pangandika mau tibaing pinggir-pinggir dalan. Kuwi ibaratéwong-wong sing padha ngrungupangandika mau, nanging ora suwé Iblisnuli teka lan mbuwang pangandika singdirungu mau saka atiné.16Wiji sing tiba ana ing padhasan kuwiibaraté wong-wong sing padha krungupangandika mau lan nampa klawanbungahing ati.17Nanging pangandika mau ora ngantingoyod ana ing atiné. Mulané oratahan suwé ana ing kono. Bareng anapanindhes lan panganiaya marangwong sing padha precaya marangpangandikané Gusti Allah mau,wong-wong kuwi banjur padha murtad.18Déné wiji sing tiba ana ing panggonaneri, kuwi ibaraté wong-wong sing padhangrungokaké pangandika kuwi,19nanging dayané pangandika maudidhesek déning rasa kuwatir tumrappanguripan kadonyan. Sebab wong-wong mau padha kepéngin dadi

MARKUS 4.20–24 23

wong sugih lan keburu nepsu tumrapprekara rupa-rupa, nganti pungkasanépangandikané Gusti Allah mau orandayani wong mau menèh, satemahpangandika kuwi ora metokaké woh.20Pangandika sing disebar ana ingtanah subur kuwi ibaraté wong-wongsing padha krungu, nuli nampanipangandika mau klawan precaya,satemah metu wohé, ana sing tikeltelung puluh, ana sing tikel sewidak lanana sing tikel satus."21Gusti Yésus nglajengaké ngandika:"Apa ana wong sing nyumed lampu, nuliditutupi tompo, utawa disèlèhaké anaing longan? Apa lampu mau ora malahdisèlèhaké ana ing ajug-ajug?22Sabarang kang kesidhem bakalkelair. Lan sabarang kang winadi bakalkawiyak.23Mulané rungokna sing temenan, yènkupingmu isih bisa ngrungokaké."24Pangandikané Gusti Yésus saterusé:"Titènana apa sing saiki kokrungu!Ukuran-ukuran sing kokenggo ngadiliwong liya, ya ukuran kuwi sing diagemdéning Gusti Allah kanggo ngadili kowé,malah luwih abot menèh!

MARKUS 4.25–32 2425Sapa sing duwé, bakal diwuwuhi,nanging sapa sing ora duwé, dalasanbarang sethithik sing diduwèni kuwibakal kapundhut."26Gusti Yésus nglajengaké ngandikamengkéné: "Kratoné Allah kuwi kenadiupamakaké kaya wong sing nyebar wijiana ing pategalané.27Wong mau ing wayah wengi turu,ésuké tangi. Déné wiji-wiji mau thukulterus lan dadi gedhé. Nanging kepriyécarané wiji-wiji mau thukul, wong maudhéwé ora ngerti.28Lemah kuwi dhéwé sing marakakéwiji mau thukul lan metu gandumé; singdhisik dhéwé pucuké, banjur gagangékembang; nuli wulèné.29Samangsa gandum mau wis tuwa,wong mau banjur ngenèni, awit wistekan wayahé panèn."30Gusti Yésus ndangu menèh: "KratonéAllah kuwi kena diupamakaké apa? Apasing kena kita enggo conto kanggonerangaké?31Kratoné Allah kuwi kaya wiji sawi,wiji sing cilik dhéwé sajagad.32Menawa ditandur, nuli thukul lan dadigedhé, ngungkuli tanduran-tanduran

MARKUS 4.33–37 25

jejanganan liyané. Pang-pangé ketel,nganti manuk-manuk bisa padha méncoklan gawé susuh ana ing pang-pangmau."33Mengkono Gusti Yésus enggonémulangaké pangandikané Gusti Allahmarang wong-wong, yakuwi ngagempasemon, sing gampang dingertèni.34Gusti Yésus enggoné mulang wong-wong mesthi ngagem pasemon. Mungsamangsa Panjenengané piyambakankaro para muridé, lagi kabèh piwulangémau diterangaké.35 Ing dina kuwi uga, bareng wis soré,Gusti Yésus ngandika marang paramuridé: "Ayo padha menyang sabrangétlaga."36Gusti Yésus wis ana sajroning prau;para rasul nusul, banjur padha mangkatmenyang sabrangé tlaga. Wong-wong liyané sing padha ndhèrèkakéGusti Yésus padha ditinggal ana ingsapinggiring tlaga kono. Kejaba prau singdititihi Gusti Yésus, isih ana prau-prauliyané.37Dumadakan ana prahara, njalariombaké uga dadi gedhé, nganti banyuné

MARKUS 4.38–5.2 26

ambyuk mlebu ing prau. Suwé-suwéprauné dadi kebak banyu.38Nalika semono Gusti Yésus lagi saréana ing mburitan, ngagem bantal. Paramurid banjur padha mungu, aturé:"Guru, menapa Panjenengan mbotenmenggalih? Kita sami badhé kèrem!"39Gusti Yésus banjur wungu; anginédidhawuhi: "Sirep!," lan ombakédingandikani: "Lerema!" Anginé banjursirep, lan tlagané dadi lerem.40Gusti Yésus banjur ndangu marangpara muridé: "Yagéné kowé padha wedi?Apa seprana-sepréné kowé durungprecaya?"41Para rasul mau padha wedi,sarta padha takon-tinakon: "Sapata Panjenengané kuwi, kokdalasanangin lan ombak padha manut marangdhawuhé?"

51Satekané ing sabrangé tlaga, GustiYésus lan para murid padha ndharat

ing tanahé wong Gerasa.2Lagi waé mandhap saka ing prau,banjur ana wong sing kepanjingandhemit marani Gusti Yésus. Wong mautekané saka ing pekuburan.

MARKUS 5.3–9 273Pancèn manggoné ana ing kono, lanwis ora ana wong sing bisa mbandadhèwèké. Senajan dibanda nganggoranté pisan, mesthi dipedhot.4Wis bola-bali wong kuwi tangan lansikilé diranté, nanging iya bola-balidipedhot.5Awan bengi wong sing kepanjingandhemit mau klambrangan ana ingpekuburan kono, utawa ana ing gunung-gunung, karo bengak-bengok, lan awakédiantemi dhéwé nganggo watu.6Bareng wong sing kepanjingan dhemitmau saka kadohan weruh Gusti Yésusrawuh, tumuli marani, lan banjurjèngkèng ana ing ngarsané,7aturé: "Dhuh Gusti Yésus, PutranipunAllah ingkang Mahaluhur, kula badhéPanjenengan menapakaken? Panyuwunkula, demi Allah, mbok kula sampunPanjenengan siksa!"8 (Enggoné matur mengkono kuwi,merga dhemité wis didhawuhidéningGusti Yésus: "Hé, dhemit, metua sakawong kuwi!")9Gusti Yésus ndangu marang dhemitmau: "Sapa jenengmu?" Dhemité

MARKUS 5.10–14 28

mangsuli: "Nama kula Legiung awitcacah kula kathah."10Dhemit mau nyuwun kanthi adrengmarang Gusti Yésus, supaya dhemit-dhemit kuwi aja ditundhung sakapanggonan kono.11Ana ing pèrènging punthuk, cedhakpanggonan kono, ana babi pirang-piranglagi padha golèk pangan.12Dhemit-dhemit mau padha nyuwunmarang Gusti Yésus: "Mbok kula samikaparengna manggèn ing babi-babimenika."13Gusti Yésus marengaké. Dhemit-dhemit mau banjur padha metu sakawong kuwi, tumuli mlebu ing babi-babi,sing cacahé kira-kira ana rong èwu.Babi-babi mau banjur padha mudhunsaka ing punthuk, padha ambyur ingtlaga, lan padha mati kleleb ana ingkono.14Kocapa para pangoné babi-babi mautumuli padha mlayu mlebu ing désa,padha nyritakaké lelakon mau marangwong-wong ing kono, sing banjur padhambuktèkaké apa sing kelakon.

gLegiun: saking basa Yunani, tegesipun:‘cacahipun éwon.’

MARKUS 5.15–20 2915Satekané ana ing ngarsané GustiYésus wong-wong kuwi padha weruhwongé sing kepanjingan dhemit Legiun,lagi lungguh ing lemah, wis menganggogenep, lan wis waras. Nanging wong-wong mau isih padha wedi karo wongkuwi.16Sing padha weruh lelakon mau,banjur padha nyritakaké marangwong-wong kang padha teka iku, bablelakoné wong sing kepanjingan dhemit,lan bab babi-babi mau.17Wong-wong mau banjur padhanyuwun klawan adreng marang GustiYésus, supaya kersa tindak sakapanggonan kono.18Nalika Gusti Yésus minggah ing prau,wong kang mentas kepanjingan dhemitmau matur kelilana ndhèrèk.19Gusti Yésus ora marengaké. Malahwong mau didhawuhi: "Kowé muliha,ketemua wong-wong ing kampungmu,padha critanana pakaryané Gusti Allahkabèh lan gedhéning kamirahanémarang kowé!"20Wong mau banjur mangkat lanmartak-martakaké ana ing tlatahDékapolis bab apa sing ditindakaké

MARKUS 5.21–26 30

déning Gusti Yésus marang dhèwèké.Saben wong sing krungu critané padhakaéraman.21Gusti Yésus nitih prau menyangsabrangé Tlaga Galiléa menèh. Ana ingkana jumeneng ing sapinggiring tlaga.Tumuli akèh banget wong kang padhasowan ing ngarsané.22Banjur ana wong teka, jenengéYairus. Yairus kuwi penggedhénésinagogé. Nalika ketemu Gusti Yésus,Yairus nuli jèngkèng ing ngarsané.23Yairus nyuwun kanthi adreng, aturé:"Gusti, anak kawula sakit sanget, badhépejah. Mugi Gusti kersa rawuh ing griyakawula. Gusti kersaa numpangi asta,temah anak kawula badhé saras mbotenpejah."24Gusti Yésus banjur tindak bebarenganmenyang omahé Yairus. Wong akèhbanget suk-sukan ndhèrèkaké tindaké.25Ana ing antarané wong akèh mauana wongé wadon siji, sing wis rolastaun lara ngetokaké getih.26Wong wadon mau wis katog enggonéikhtiyar, mretamba menyang dhukun-dhukun, nganti bandhané entèk kanggo

MARKUS 5.27–31 31

ragad. Nanging ora bisa waras, malahlarané saya banget.27Wong wadon mau wis krungu critanéwong akèh bab Gusti Yésus. Mulanédhèwèké nékad nrenjel ing satengahéwong akèh mau, nyedhaki Gusti Yésus,arep ndemèk jubahé.28Awit wong wadon kuwi duwépengandel: "Angger aku bisa ndemèkjubahé Gusti Yésus, aku mesthi waras."Bareng wis cedhak karo Gusti Yésuswong wadon mau banjur ndemèkjubahé.29Sakal wong kuwi mari, getihémampet, lan krasa yèn awaké wis waras.30Bareng karo mariné wong wadonmau, Gusti Yésus uga krasa yèn anadaya sing metu saka ing sarirané.Panjenengané banjur minger, mirsaniwong akèh kang padha ndhèrèkaké,sarta ndangu: "Sapa sing ndemèkjubah-Ku?"31Murid-muridé padha matur: "Gusti,tiyang semanten kathahipun samisuk-sukan. Kok Gusti ndangu: ‘Sapa singndemèk jubah-Ku?’"

MARKUS 5.32–37 3232Nanging Gusti Yésus terus enggonémirsani wong akèh mau, nggolèki wongésing wis ndemèk jubahé.33Wong wadon sing rumangsa ndemèkjubahé mau, lan krasa yèn awaké wiswaras, banjur sowan ing ngarsané GustiYésus. Sowané klawan ndhredheg,merga wedi. Wong wadon kuwi jèngkènging ngarsané, sarta matur blaka.34Gusti Yésus banjur ngandika: "Ibu,precayamu sing mitulungi kowé. Saikimundura kanthi tentrem atimu. Laramuwis mari."35Gusti Yésus durung rampungenggoné ngandika, wis ana susulan tekasaka omahé Yairus, ngaturi yèn anakéYairus wis mati. Aturé wong mau marangYairus: "Putra panjenengan sampuntilar-donya. Menapa prelunipun damelribedipun Gusti Yésus, kapurih rawuh ingdalem panjenengan?"36Gusti Yésus ora nggatèkaké aturésusulan mau, nanging paring dhawuhmarang Yairus: "Aja wedi, Yairus!Precayaa waé!"37Wong akèh padha dipenging ndhèrèkGusti Yésus, kejaba Pétrus, lan wong lorosasedulur, yakuwi Yakobus lan Yohanes.

MARKUS 5.38–43 3338Sarawuhé ing omahé Yairus, GustiYésus mireng wong-wong padha nangispating jlerit.39Gusti Yésus mlebet ing omah, banjurngandika karo wong-wong sing padhanangis mau: "Yagéné kowé padhanangis lan ribut mengkono kuwi? Bocahéora mati. Mung lagi turu!" Nangingwong-wong mau padha nggeguyu.40Gusti Yésus banjur ndhawuhi supayawong kabèh padha metu. Bareng wispadha metu kabèh, Yairus lan bojonétuwin Pétrus, Yakobus lan Yohanes,diajak mlebu ing kamar sing kanggonurokaké bocahé sing lara.41Gusti Yésus banjur ngasta tanganébocah kuwi karo ngandika: "Talita kum!"Jarwané: "Gendhuk, kowé tangia!"42Sanalika bocah wadon mau tangi,banjur mlaku. (Umuré bocah mau wisrolas taun.) Bapak lan ibuné apa dénépara murid padha gumun banget.43Gusti Yésus meling wanti-wantimarang wong-wong, supaya aja ngantiana wong sing ngerti lelakon mau.Sawisé mengkono, "Panjenenganédhawuh, supaya bocahé diwènèhimangan."

MARKUS 6.1–4 34

61Saka ing omahé Yairus, Gusti Yésustindak menyang ing kutha asalé

(yaiku kutha Nasarèt). Para rasul padhandhèrèk.2 Ing dina Sabbat Gusti Yésus mulanging sinagogé. Wongé kang padhangibadah akèh banget. Nalika wong-wong mau ngrungokaké piwulangé,kabèh padha gumun. Wong-wong maupadha takon-tinakon: "Kawruhé wongkuwi olèhé saka ngendi? Kokdadi pintertemen? Kokkwasa gawé mujijat-mujijatbarang?3Apa kuwi dudu Yésus, tukang kayu,anaké Maryam kaé? Sing sedulur-seduluré jenengé Yakobus, Yusuf,Yudas lan Simon? Sedulur-seduluréwadon rak ya padha manggon ana ingkutha Nasarèt kéné ta?" Wekasanéwong-wong mau padha nampik marangPanjenengané.4Mula Gusti Yésus banjur ngandikakaro wong-wong mau: "Nabi monoana ing ngendi-endi diajèni déningwong, kejaba ana ing kuthané dhéwé,wongé padha ora ngajèni, semono ugasedulur-seduluré."

MARKUS 6.5–11 355Mulané ana ing kono Gusti Yésus orakersa damel mujijat. Mung marasakéwong lara sawetara, srana katumpanganastané.6 (6-6a) Gusti Yésus gumun, dénéwong-wong ing kono padha ora gelemprecaya. (6-6B) Gusti Yésus banjurtindak menyang désa-désa ing sakiwa-tengené kutha Nasarèt, mulangaképangandikané Allah.7Gusti Yésus banjur nimbali muridérolas. Murid-murid mau padha diutusloro-loro sarta padha diparingi pangwasanundhungi dhemit.8Piwelingé marang para muridé: "Kowéaja padha nggawa apa-apa sajroninglakumu, kejaba mung nyangking teken.Aja nggawa roti, aja sangu dhuwit.9Kowé kena nganggo sepatu, nangingaja nggawa klambi rangkep."10Sabanjuré para muridé mau padhadidhawuhi: "Menawa kowé wis olèhpondhokan, manggona ana ing kono,nganti mangkat menèh nerusakélakumu.11Menawa kowé mlebu ing sawijiningomah, mangka kang duwé omah oragelem nampani kowé, ateges wong

MARKUS 6.12–16 36

kuwi uga ora gelem ngrungokaképiwulangmu. Lebu kang ana ing sikilmuketabna, banjur lungaa saka ing kono.Kuwi minangka pepéling marang wongsing duwé omah mau."12Murid rolas mau banjur padhamangkat, mulang wong-wong, supayapadha mratobat.13Akèh dhemit sing padha ditundhungidéning murid-murid mau. Uga akèhwong lara sing padha diwarasakénganggo diblonyo ing lenga.14Asmané Gusti Yésus wis kondhangtekan endi-endi. Sang Prabu Hérodès iyamireng bab Panjenengané. Akèh wongsing ngira yèn Gusti Yésus kuwi YohanesPembaptis. Kandhané wong-wong: "NabiYohanes Pembaptis wis wungu saka ingantarané wong mati. Mulané kagungankasektèn sing semono gedhéné."15Nanging wong liyané ana singkandha: "Ah, kuwi Nabi Élia!" Wongliyané menèh kandha: "Kuwi rak nabikaya dhèk jaman kuna biyèn."16Krungu kandhané wong singwerna-werna mau Sang Prabu Hérodèsngandika: "Kuwi Nabi Yohanes. Mauné

MARKUS 6.17–20 37

prejurit-prejurit wis dakkon nugelguluné, nanging banjur urip menèh."17Awit mauné Sang Prabu Hérodès wisndhawuhi para prejurit supaya nyekelNabi Yohanes, banjur ditahan, mergawani melèhaké Sang Prabu Hérodès,olèhé nggarwa Hérodias. Hérodias kuwibojoné Filipus, seduluré Hérodès.18Aturé Nabi Yohanes marang SangPrabu Hérodès mengkéné: "Sang Prabumboten kénging nggarwa Hérodias,sebab menika sémahipun Filipus,sedhèrèkipun Sang Prabu piyambak."19 Iya merga enggoné melèhakéSang Prabu Hérodès mengkono mau,Hérodias ngincim-incim Nabi Yohanesarep dipatèni, nanging ora bisa, mergadialang-alangi déning Sang PrabuHérodès.20Sang Prabu Hérodès dhéwé éringkaro Nabi Yohanes. Mulané dhawuhsupaya kalebokaké ing pakunjaran waénganggo dijaga temenan. Sang PrabuHérodès mirsa, yèn Nabi Yohanes kuwiutusané Gusti Allah. Yèn Nabi YohanesPembaptis memulang, Sang PrabuHérodès seneng mirengaké, senajan

MARKUS 6.21–25 38

piwulang mau marakaké penggalihé dadiwedi lan bingung.21Wekasané Hérodias keturutankarepé, yakuwi nalika Sang PrabuHérodès lagi mèngeti dina wiyosané.Nalika semono dianakaké pésta anaing pendhapa kedhaton, ngulemi parapenggedhé, para perwira tentara lanpara pemimpining masarakat ing tanahGaliléa.22Ana ing pésta kono, putra putrinéHérodias mbeksa apik banget, gawékepranané para tamu kabèh sarta SangPrabu. Mulané Sang Prabu Hérodèsngandika marang putri mau: "Kowékepéngin apa, nyuwuna waé, mesthibakal dakparingi."23Malah dhawuhé mau dikanthènisumpah, ngandikané: "Aku janji bakalmaringi apa waé sing koksuwun, senajannganti separoning negara pisan."24Putri mau banjur metu lan maturmarang ibuné: "Ibu, menapa ingkangkedah kula suwun dhateng Sang Prabu?"Ibuné ngajani: "Nyuwuna sirahé NabiYohanes Pembaptis."25Putri mau banjur bali mlebu menèhing pendhapa kedhaton, nuli matur

MARKUS 6.26–30 39

marang Sang Prabu Hérodès: "Kawulamugi dipun paringi sirahipun NabiYohanes Pembaptis, kawadhahana ingbaki!"26Mireng aturé putri mau Sang PrabuHérodès sedhih banget, nanging ora bisanulak, jalaran wis kalah janji. Tur janjimau nganggo sumpah, lan wis diseksènidéning para tamu.27Sang Prabu Hérodès banjur utusanprejurit supaya nigas guluné NabiYohanes Pembaptis. Prejurit mau nulimangkat menyang pakunjaran lan nigasguluné Nabi Yohanes Pembaptis.28Sirahé diwadhahi ing baki, banjurditampakaké marang putra putrinéHérodias. Putri mau banjur ngaturakésirahé Nabi Yohanes Pembaptis marangibuné.29Bareng para muridé Nabi YohanesPembaptis krungu bab iku, banjur padhateka ngukup layoné lan disarèkaké.30Para rasul padha bali saka enggonédiutus déning Gusti Yésus, mulangaképangandikané Allah, banjur padhanglumpuk sowan ing ngarsané. Apa singwis ditindakaké lan diwulangaké marangwong, diaturaké marang Gusti Yésus.

MARKUS 6.31–35 4031 Ing kono akèh wong sing padhalunga-teka, nganti Gusti Yésus lan pararasul padha ora kober dhahar. Mulanébanjur ngandika marang para rasul:"Ayo padha golèk panggonan sing sepi,supaya kita bisa ndhéwé lan kowé bisapadha ngaso sawetara."32Gusti Yésus lan para murid banjurpadha mrau menyang panggonan singsepi.33Nanging akèh wong sing padhaweruh enggoné tindak, sarta uga padhangerti panggonan sing arep diparaniGusti Yésus lan para rasul mau, mulabanjur akèh wong saka kutha-kutha ingwilayah kono sing padha mlaku, ndhisiki.34Nalika mandhap saka ing prau,Gusti Yésus pirsa wong akèh wis padhaana ing kono. Mirsani wong-wong mauGusti Yésus mesakaké, awit padha kayawedhus sing ora ana pangoné. GustiYésus banjur paring piwulang akèh-akèhmarang wong-wong mau.35Bareng wis soré para rasul padhamatur: "Samenika sampun sonten.Mangka panggènan ngriki sepen, tebihLèr, tebih Kidul.

MARKUS 6.36–41 4136Mila mbok tiyang-tiyang menika dipundhawuhana bibar kémawon, supadossami saged tumbas tetedhan wontening dhusun-dhusun utawi kampung-kampung ing sakiwa-tengenipunngriki."37Gusti Yésus ngandika: "Mbok kowéwaé padha mènèhana mangan." Pararasul padha matur: "Menapa kersaPanjenengan kawula sami késah tumbasroti pengaos kalih atus dinar kanggétiyang-tiyang menika?"38Gusti Yésus ndangu: "Kowé isihpadha duwé roti pira? Coba, tilikana!"Para rasul padha niliki, banjur padhamatur: "Wonten roti gangsal, lan ulamkalih."39Gusti Yésus tumuli ndhawuhipara rasul, supaya wong akèh maudipantha-pantha lan dikon lungguh anaing pasuketan.40Saben sapantha ana sing satus, anasing sèket.41Gusti Yésus banjur mundhut rotinélima lan iwaké loro mau. Panjenenganébanjur tumenga ing langit, ndedonga.Sawisé mengkono, Gusti Yésus banjurnyuwil-nyuwil roti lima mau, tumuli

MARKUS 6.42–48 42

diparingaké marang para rasul, supayapadha diedum marang wong-wongmau. Semono uga iwaké loro, iyadicuwil-cuwil, banjur diedum.42Kabèh padha mangan nganti wareg.43Sawisé padha mangan kabèh,turahané roti lan iwak diklumpukakédéning para rasul, nganti rolas wakulkebak.44Cacahé wong lanang sing padhamangan roti lan iwak mau ana limangèwu.45Gusti Yésus banjur énggal-énggalndhawuhi murid-muridé, supaya padhandhisiki nunggang prau menyang kuthaBètsaida, ing sabrangé Tlaga Galiléa.Déné Gusti Yésus nuli ndhawuhi wongakèh mau, supaya padha mulih.46Sawisé nguntapaké murid-muridé,Gusti Yésus banjur minggah ing gunung,prelu ndedonga.47Bareng wis wengi, prau singditunggangi para muridé wis ana ingsatengahé tlaga, nanging Gusti Yésusisih ana ing dharatan.48Gusti Yésus pirsa, yèn para muridékanthi rekasa enggoné melahi prauné,awit anginé nampek. Mulané nalika

MARKUS 6.49–55 43

kira-kira antarané jam telu lan jam nemésuk, Gusti Yésus nusul murid-muridé,srana tindak napak banyu ing tlaga.Tindaké terus waé, kaya-kaya arepnglangkungi para murid.49Bareng murid-murid weruh GustiYésus tindak napak ing banyu mengkonomau, padha ngira, yèn kuwi memedi.50Saking wediné nuli padha njerit,sebab kabèh padha weruh sing dikiramemedi kuwi, mulané kabèh padhakagèt. Nanging Gusti Yésus banjurénggal-énggal ngandikani murid-muridmau: "Hé! Aja wedi! Iki Aku!"51Gusti Yésus banjur minggah ing prau,lan anginé dadi mendha. Murid-muridépadha gumun banget,52 sebab mujijat bab roti lima waé isihnjudhegaké. Murid-murid mau angèlbanget bisané ngerti.53Gusti Yésus lan para muridé padhandharat ing Génésarèt, ana ing sabrangéTlaga Galiléa.54Lagi waé tedhak saka ing prau,wong-wong mau padha ora pangling yènkuwi Gusti Yésus.55Wong-wong mau banjur padha mlayumlebu ing kampung-kampung kono

MARKUS 6.56–7.3 44

kabèh, lan banjur padha teka menèhnggotongi wong-wong lara, kasèlèhakéing klasa, disowanaké Gusti Yésus.Angger padha krungu, yèn Gusti Yésusrawuh, ana ing ngendi waé, wong-wongbanjur padha nyowanaké wong-wongsing lara ana ing ngarsané.56Saben Gusti Yésus rawuh, embuhana ing kampung, embuh ana ing kutha,utawa ana ing désa, wong-wong konomesthi padha teka, lan nglumpukakéwong-wongé sing lara ana ing alun-alun.Wong-wong mau banjur padha maturmarang Gusti Yésus, supaya wong-wongsing padha lara diparengna ndemèkPanjenegané, senajan mung pucukingjubahé waé, mesthi nuli waras.

71Ana wong Farisi lan para ahli Torètsawetara saka ing kutha Yérusalèm,

padha sowan Gusti Yésus.2Wong-wong mau wis tau padha weruh,nalika muridé Gusti Yésus sawetarapadha mangan, tangané tanpa wisuhdhisik, ora manut prenatané wong Farisi.3Wong-wong Farisi, semono uga wongYahudi padha setya nglakoni adatsing diwarisaké déning para leluhuré.

MARKUS 7.4–7 45

Wong-wong mau ora bakal mangan,menawa durung padha wisuh tangané.4Wong-wong mau iya ora bakal manganpanganan saka pasar, menawa durungdikumbah dhisik. Lan isih akèh menèhprenatan liyané sing padha diwarisisaka para leluhuré, sing padha diugemibanget, kayata: bab carané ngasahigelas, cangkir, grabah saka tembaga, lancarané nebahi peturon.5Mulané wong-wong Farisi lan paraahli Torèt mau padha nyuwun pirsakaro Gusti Yésus: "Menapa sebabipunmurid-murid Panjenengan kokmbotennglampahi adat ingkang dipun warisakendéning para leluhur? Menapa sebabipunkoksami nedha tanpa wisuh tanganrumiyin?"6Gusti Yésus ngandika: "Pancèn cèplesbanget sing diweca déning Nabi Yésaya,bab wong-wong lamis sing kaya kowékuwi. Ing kitabé Nabi Yésaya ana tulisanmengkéné: ‘Pangandikané Gusti Allah,wong-wong kuwi ngurmati Aku mungana ing lambé waé. Nanging atinésanyatané adoh saka Aku.7Tanpa guna wong-wong kuwi padhanyembah marang Aku, sebab padha

MARKUS 7.8–13 46

mulang wong dikon nglakoni prenatan-prenatané manungsa dipadhakaké karoprenatan-Ku.’8Préntah-préntahé Gusti Allahkoksingkiraké, banjur prenatan-prenatané manungsa kokleluri."9Gusti Yésus banjur ngandika menèhkaro wong-wong mau: "Kowé padhapinter banget nyingkiraké préntahé GustiAllah, supaya kowé padha bisa nganggopiwulangmu dhéwé.10Nabi Musa rak wis paring dhawuhmengkéné: ‘Padha ngajènana bapaklan ibumu,’ lan ‘sapa sing nyepèlèkakébapak lan ibuné, kuwi mesthi diukumpati.’11Nanging kowé padha mulangaké:Menawa ana wong sing duwé barangsing kena dienggo nulungi bapak lanibuné, mangka banjur matur marangbapakné utawa ibuné: ‘Barang gadhahankula sampun kula anggé caos kurban,’(caos kurban kuwi cecaos marang GustiAllah),12wong mau nuli dianggep luwar sakakuwajibané tumrap bapak lan ibuné.13Dadi srana prenatan-prenatan singkokwulangaké marang wong-wong mau,

MARKUS 7.14–19 47

kowé padha njalari préntah-préntahéGusti Allah ora kanggo. Mangka isih akèhmenèh prekara-prekara kaya mengkonokuwi sing koklakoni."14Wong akèh mau ditimbali menèhdéning Gusti Yésus, banjur padhadingandikani: "Rungokna, lan padhangertia!15Wong ora dadi najis merga barangsaka njaba sing mlebu ana ing wong,nanging merga barang sing metu sakawong mau.16 [Mulané sapa sing duwé kuping,padha ngrungokna!]"17Wong akèh mau tumuli ditilar mlebetdéning Gusti Yésus. Ing njero omah,murid-muridé padha nyuwun pirsa, apategesé pasemon mau.18Gusti Yésus ngandika marang paramuridé: "Apa kowé kuwi ya bodho,padha karo wong-wong kuwi mau? Apakowé ya ora ngerti, yèn barang sing sakanjaba mlebu ing wong, kuwi ora bisandadèkaké wong kuwi najis?19Sebab barang sing mlebu kuwi oramlebu ing atiné, nanging mlebu ingwetengé, lan sebanjuré bakal metumenèh saka badané." (Srana pangandika

MARKUS 7.20–25 48

mau Gusti Yésus nerangaké yèn kabèhpanganan kuwi kalal.)20Gusti Yésus banjur ngandika menèh:"Sing metu saka manungsa, kuwi singmarahi manungsa dadi najis.21Sebab kuwi metu saka njeroningatiné manungsa. Ya saka ing ati kuwitekané pikiran-pikiran ala sing njalariwong laku jina, nyolong, matèni,22 laku bandrèk, srakah, lan sakèhépenggawé ala, ngapusi, kurang ajar,mèri, memisuh, umuk, sembrana.23Kabèh sing ala kuwi metu sakanjeroné manungsa. Lan ya kuwi singmarahi manungsa dadi najis."24Saka ing papan kono, Gusti Yésusbanjur tindak menyang kutha Tirus.(Tirus kuwi kutha ana ing sapinggiréSegara Tengah, kapener salor kulonéTlaga Galiléa.) Ana ing Tirus kono,Gusti Yésus mlebu ing sawijining omah,kersané aja nganti ana wong singngerti, yèn Panjenengané ana ing kono.Nanging nyatané ora mengkono, sebabwong-wong padha ngerti, menawa GustiYésus ana ing kono.25Ana wong wadon sing tau krungucritané wong bab Gusti Yésus, duwé

MARKUS 7.26–30 49

anak wadon sing kepanjingan dhemit.Wong mau banjur sowan, jèngkèng ingsampéyané Gusti Yésus, nyuwun supayaGusti Yésus kersa nundhung dhemit singnyurupi anaké.26Wong wadon kuwi dudu wong Yahudi,nanging wong saka kutha Fénisia, ingtanah Siria.27Gusti Yésus banjur ngandika marangwong wadon mau: "Bèn anak-anakédhéwé dhisik sing padha wareg. Orasamesthiné pangané anak-anakédiwènèhaké asu."28Aturé wong wadon: "Leres Gusti,nanging segawon-segawon rak inggihnedha rontogan roti, ingkang dipuntedha putra-putra, ingkang dhawah ingngandhap méja?"29Gusti Yésus banjur dhawuh karowong wadon mau: "Kandhamu kuwibener! Wis, saiki kowé muliha! Dhemitéwis lunga!"30Wong wadon mau banjur bali.Satekané omah, anaké lagi turon ana ingpeturon. Dhemité wis lunga temenan.

MARKUS 7.31–36 5031Gusti Yésus tindak saka kutha Tirus,ngliwati kutha Sidonh menyang TlagaGaliléa menèh. Tindaké ngliwati wilayahDékapolis.i32 Ing kono ana wong sing budheg-bisudisowanaké Gusti Yésus. Wong-wongpadha nyuwun, supaya Gusti Yésuskersa numpangaké astané ing wong singlara mau.33Wongé banjur dituntun, digawa radangadoh saka wong akèh. Kupingé wongsing budheg-bisu kuwi diduleg. GustiYésus nuli kecoh. Ilaté wong mau banjurdidemèk.34Panjenengané banjur tumenga inglangit, unjal ambekan, banjur ngandikamarang wong budheg-bisu mau:"Éfata!," sing tegesé: "Mengaa!"35Sanalika kupingé bisa krungu, ilatédadi lemes lan bisa guneman kayasalumrahé wong.36Gusti Yésus meling marang wongsing padha neksèni lelakon mau, supaya

hSidon: dunungipun ing salèripun kitha Tirus,mboten tebih.iDékapolis: menika setunggaling wilayah ingkangdumados saking sedasa kitha. (Déka: sedasa;polis: kitha).

MARKUS 7.37–8.4 51

aja padha wewarta marang wong liya.Nanging saya banget olèhé menging,wong-wong mau malah saya bangetenggoné wewarta.37Kabèh sing krungu gumun. Kandhanéwong-wong mau: "Kokhébat temen,wong kuwi! Panjenengané nggawé wongbudheg bisa krungu, lan wong bisu bisaguneman."

81Ora suwé saka lelakon mau, banjurana wong akèh banget kang padha

sowan Gusti Yésus. Mangka ing kono oraana pangan. Gusti Yésus banjur nimbalipara rasul lan ngandika:2 "Aku mesakaké banget karo wong-wong kuwi. Wis telung dina ana ing kénépadha ngetutaké Aku. Mangka ana ingkéné ora ana sing dipangan.3Yèn Dakkon mulih ngono waé,wetengé kothong, gèk padha ambrukana ing dalan. Mangka ana sing omahéadoh."4Para rasul padha matur: "Kados pundisagedipun pikantuk tetedhan cekapkanggé tiyang semanten kathahipun,wonten ing panggènan ingkang mencilmekaten?"

MARKUS 8.5–9 525Gusti Yésus ndangu: "Kowé padhaduwé roti pira?" Wangsulané parasekabat: "Wonten pitu!"6Gusti Yésus nuli ndhawuhi wong-wongmau padha lungguh ana ing lemah.Panjenengané banjur mundhut roti pitumau, nuli ngaturaké panuwun marangGusti Allah. Sawisé kuwi banjur nyuwil-nyuwil roti mau, tumuli diparingaké pararasul, supaya diedum-edum marangwong akèh. Para rasul banjur padhanglakoni kaya sing didhawuhaké déningGusti Yésus.7Para rasul uga padha duwé iwakcilik-cilik sawetara. Sawisé ngaturaképanuwun marang Gusti Allah tumrapiwak-iwak mau, Gusti Yésus nuli ndawuhmarang para muridé, supaya iwak kuwiiya diedum-edum.8Wong kabèh banjur padha mangannganti wareg. Cacahé wong sing padhamangan mau wetara ana patang èwu.9Wong-wong mau banjur padhadidhawuhi mulih. Para rasul nulinglumpukaké turahané roti, olèh pitungwakul.

MARKUS 8.10–16 5310Gusti Yésus lan para rasul banjurénggal-énggal padha numpak prau,tindak menyang Dalmanuta.j11Ana wong Farisi sawetara padhasowan Gusti Yésus, banjur padhabebantahan karo Panjenengané. Wong-wong Farisi mau arep nyoba srana padhanyuwun pratandha, minangka bukti yènGusti Allah rena marang Panjenengané.12Gusti Yésus ngesah, banjur ngandika:"Apa sebabé wong-wong saiki kokpadhanjaluk pratandha? Ora! Aku ora bakalawèh pratandha sing mengkono kuwi!"13Wong-wong mau nuli padha ditilardéning Gusti Yésus. Panjenengané nuliminggah ing prau menèh, banjur tindakmenyang sabrangé tlaga.14Para rasul padha lali nggawa roti singcukup. Ana ing prau kono mung ana rotisiji.15Gusti Yésus ngandika: "Sing padhawaspada karo raginé wong Farisi lanraginé Hérodès."16Para rasul banjur padha rerasanan:"Gusti enggoné ngandika mengkono

jPanggènan ingkang asmanipun Dalmanuta:samenika dunungipun dèrèng dipun sumerepikanthi cetha.

MARKUS 8.17–22 54

mau, rak merga awaké dhéwé iki orapadha nggawa roti."17Gusti Yésus pirsa enggoné padharerasanan, mulané banjur ngandika:"Apa sebabé kowé kokpadha rerasananbab enggonmu padha ora nggawa roti?Apa kowé meksa durung padha ngerti?Apa pikiranmu wis kethul?18Kowé rak padha duwé mripat, apaora ndeleng? Uga padha duwé kuping,apa ora krungu?19Apa kowé padha ora kèlingannalika Aku nyuwil-nyuwil roti limakanggo mènèhi mangan wong limangèwu kaé; pirang wakul turahan singkokklumpukaké?" Wangsulané parasekabat: "Kalihwelas!"20Gusti Yésus banjur ndangu menèh:"Banjur roti pitu sing kanggo wongpatang èwu kaé, pirang wakul turahansing kokklumpukaké?" Wangsulané pararasul: "Pitu."21Gusti Yésus banjur ngandika: "Apakowé meksa padha durung ngerti?"22Gusti Yésus lan para rasul tindakéwis tekan ing désa Bètsaida. Banjurana wong wuta sing disowanaké ing

MARKUS 8.23–28 55

ngarsané. Gusti Yésus disuwun supayakersa ndemèk wong wuta mau.23Panjenengané banjur ngasta tanganéwong wuta mau, dituntun menyangsanjabané désa. Mripaté sing wuta maudikecohi, nuli numpangaké astané ingmripaté wong kuwi, banjur ndangu:"Apa saiki kowé wis bisa weruh?"24Wong mau banjur tumenga sartamangsuli: "Inggih kawula sumereptiyang-tiyang, nanging ketingalipunkados wit-witan ingkang sami mlampah."25Gusti Yésus banjur numpangakéastané menèh ing mripaté. Wong maungudi supaya bisa ndeleng. Mripaté nulidadi waras, lan bisa ndeleng kanthicetha.26Wong mau tumuli didhawuhi mulihdéning Gusti Yésus, lan diweling: "Ajabali menyang désa kono."27Gusti Yésus lan para muridépadha tindak menyang désa-désa ingsakiwa-tengené kutha Kaisaréa Filipi.Sajroné tindak, Gusti Yésus ndangu:"Wong-wong padha ngarani Aku ikisapa?"28Wangsulané: "Werni-werni! Wonteningkang mestani Nabi Yohanes

MARKUS 8.29–32 56

Pembaptis; wonten ingkang mestaniNabi Élia, wonten ingkang mestani salahsetunggalipun nabi."29Gusti Yésus banjur ndangu menèh:"Lha, yèn kowé dhéwé kepriyé? Akukokarani sapa?" Rasul Pétrus mangsuli:"Panjenengan menika Sang Kristus."30Gusti Yésus tumuli weling wanti-wantimarang para muridé, supaya aja padhakandha-kandha bab kuwi mau marangsapa waé.31Gusti Yésus banjur wiwit nyethakakémarang para muridé bab PutraningManungsa kang kudu nyanggakasangsaran akèh, Panjenengané bakalditampik déning para pinituwa, déningpara penggedhéné imam lan déning paraahli Torèt. Malah Putraning Manungsamau bakal disédani, nanging ing telungdinané bakal wungu menèh saka ingséda.32Kabèh mau dingandikakaké déningGusti Yésus marang para muridé kanthiblak-blakan. Krungu kang mengkonomau, Rasul Pétrus banjur ngaturi GustiYésus sarta nyaos pepènget supaya ajangandika sing mengkono kuwi.

MARKUS 8.33–38 5733Gusti Yésus banjur minger,ngungkuraké Rasul Pétrus, mirsani pararasul, karo ndukani Rasul Pétrus: "Iblis,sumingkira. Pikiranmu kuwi pikiran caramanungsa, dudu kaya sing dadi kersanéGusti Allah!"34Guti Yésus banjur nimbali para muridlan wong akèh liyané sing ana ing kono,supaya padha sowan ing ngarsané.Pangandikané: "Sing sapa ndhèrèk Aku,kudu nyingkur awaké dhéwé, ngangkatsalibé, banjur ngetutburi Aku.35Sebab sapa sing ngéman uripé, kuwimalah bakal kélangan. Nanging singsapa kélangan uripé merga nglabuhiAku lan Injil, bakal nemu urip sejati lanlanggeng.36Apa ta paédahé menawa wongnduwèni jagad iki kabèh, nangingkélangan nyawané?37Ora ana barang siji waé sing kenadigunakaké déning manungsa kanggonebus nyawané sing ilang mau.38Sapa sing isin ngakoni Aku lanpiwulang-Ku ana ing jagad sing kebakduraka lan piala iki, Putrané Manungsaiya bakal isin ngakoni wong kuwi,mbésuk samangsa rawuh kanthi ngagem

MARKUS 9.1–5 58

kamulyané Sang Rama, ingiring déningpara malaékat suci."

91Gusti Yésus nglajengakéngandikané: "Titènana! Ing

antarané wong-wong sing ana ing kénéana sing bakal ora mati, sadurungépadha ndeleng Kratoné Allah kebabarkanthi pangwasa."2Nem dina sawisé lelakon mau, GustiYésus dhawuh marang Rasul Pétrus,Rasul Yohanes lan Rasul Yakobus,sedulur kakang-adhi, supaya padhandhèrèk Gusti Yésus, minggah inggunung kang dhuwur. Ana ing kono oraana wong liyané menèh. Para rasul maupadha weruh Gusti Yésus malih rupa;dadi mencorong.3Agemané dadi putih mengkilap;sajagad iki ora ana wong sing bisamutihaké sandhangan nganti kayamengkono.4Para rasul uga padha weruh Nabi Élialan Nabi Musa ana ing kono, lagi padhangandikan karo Gusti Yésus.5Rasul Pétrus banjur matur marangGusti Yésus: "Gusti, iba saénipun,menawi kita sami wonten ing ngriki.Prayoginipun kawula sami ngedegaken

MARKUS 9.6–10 59

téndha tiga wonten ing ngriki, setunggalkagem Panjenengan, setunggal kagemNabi Musa, setunggalipun malih kagemNabi Élia."6Enggoné Rasul Pétrus maturmengkono mau, merga ora ngerti apasing kudu dikandhakaké, sebab RasulPétrus, Rasul Yohanes lan Rasul Yakobus,kabèh padha wedi banget.7Dumadakan ana méga teka; ayang-ayangané nutupi wong kabèh mau.Tumuli ana swara saka ing sajroningméga, tembungé: "Iki Putra-Kudhéwé sing Dakkasihi; padha manutasapréntahé."8Para rasul padha nolèh ngiwa-nengen,nanging ing kono wis ora ana wongliyané menèh, kejaba mung Gusti Yésuspiyambak.9Sawisé kuwi Gusti Yésus lan pararasul nuli padha mudhun saka gunungmau. Sajroné tindak Gusti Yésus melingmarang para rasul mengkéné: "Apa singkokdeleng iki mau aja kokkandhakakémarang sapa waé, nganti PutraningManungsa wungu saka ing séda."10Wong telu mau padha netepisapiwelingé Gusti Yésus, nanging padha

MARKUS 9.11–14 60

rerasanan dhéwé, apa kersané GustiYésus kokngandika bab ‘wungu sakaséda’.11Mulané para rasul banjur padhanyuwun pirsa marang Gusti Yésus:"Menapa sebabipun kokpara ahli Torètsami criyos, bilih Nabi Élia badhé rawuhrumiyin?"12Gusti Yésus ngandika: "Ya, pancèn,Nabi Élia teka dhisik, supaya nyawisakésamubarang kabèh. Nanging kepriyémungguh Putraning Manungsa? Apasebabé déné ing Kitab Suci ditulis yènPutraning Manungsa kudu nandhangsangsara akèh lan disawiyah-wiyah!13Élinga, Nabi Élia pancèn wisrawuh. Nanging wong-wong padhatumindak sawenang-wenang marangpanjenengané. Kuwi cocog karo sing wiskatulis ing Kitab Suci."14Nalika Gusti Yésus, Rasul Pétrus,Rasul Yohanes lan Rasul Yakobus padhabali menèh ing panggonané para muridsing katilar, wong akèh lagi padhanglumpuk ana ing kono; ing antaranéuga ana para ahli Torèt sawetara.Wong-wong mau lagi padha dhébatankaro muridé Gusti Yésus.

MARKUS 9.15–20 6115Bareng wong akèh mau padha weruhGusti Yésus rawuh, padha bungah,banjur énggal-énggal padha mbagèkakéPanjenengané.16Gusti Yésus banjur ndangu marangpara murid: "Apa sing lagi kokrembugkaro para ahli Torèt kuwi?"17Wangsulané wong sing ana ing kono:"Guru, kula badhé nyowanaken anakkula wonten ing ngarsa Panjenengan.Laré menika kepanjingan dhemit ngantosbisu.18Samangsa dhemit wau misakit,larénipun dipun banting ing siti.Cangkemipun lajeng muruh, untunipunkerot-kerot, lan badanipun sakojurlajeng kaken. Kula sampun nedhatulung dhateng para murid Panjenengan,supados nundhung dhemitipun, nangingsami mboten saged."19Gusti Yésus banjur ngandika:"Wah, pancèn kebangeten kowé kuwi!Kokpadha ora precaya temen! Ngantipira suwéné Aku kudu isih ana ingantaramu. Nganti kapan Aku isih kudunyabari kowé? Bocahé gawanen mréné!"20Bocahé banjur disowanaké ingngarsané Gusti Yésus. Bareng dhemité

MARKUS 9.21–26 62

weruh Gusti Yésus, sanalika nuli ngoyog-oyog awaké bocah mau, nganti bocahétiba njengkelit lan cangkemé muruh.21Gusti Yésus ndangu marang bapaknési bocah: "Olèhé mengkono kuwi wis piralawasé?" Bapakné bocah mau mangsuli:"Wiwit alit mila.22Kerep kémawon laré menika badhédipun pejahi, srana dipun dhawahakening latu utawi ing toya. Mila menawiPanjenengan saged, mbok inggihaPanjenengan welas dhateng kula; kulaPanjenengan pitulungi."23Gusti Yésus ngandika: "Apakandhamu? Yèn Aku bisa? Tumrapéwong precaya, ora ana barang mokal."24Sanalika bapakné bocah mau maturmarang Gusti Yésus: "Gusti, kawulapitados. Mugi Gusti mitulungi lanngiyataken pitados kawula."25Bareng Gusti Yésus mirsa, yèn wongésing ngrubung saya akèh, dhemitébanjur ditundhung: "Hèh dhemit singgawé budheg lan bisuné bocah iki;metua! Aja bali menèh!"26Dhemit mau banjur njerit serubanget, bocahé digawé ngececeng-ngececeng, banjur metu saka bocah

MARKUS 9.27–32 63

mau. Bocahé kaya mati, nganti kabèhpadha ngarani yèn bocahé wis mati.27Gusti Yésus banjur ngasta tanganébocah mau, nuli diadegaké. Bocahébanjur ngadeg.28Sawisé Gusti Yésus tekan pondhokan,para murid banjur padha nyuwun pirsa:"Sebab menapa kula koksami mbotensaged nundhung dhemit menika?"29Gusti Yésus ngandika: "Dhemitbangsané iki ora kena ditundhung,kejaba mung srana pandonga."30Gusti Yésus lan para rasul banjurpadha nilar omah kono, nerusakétindaké ngliwati tanah Galiléa. Kersanésupaya aja nganti ana wong sing ngerti,yèn Panjenengané ing wektu kuwi anaing panggonan kono,31awit Gusti Yésus lagi paring piwulangmarang para rasul. Pangandikané:"Putraning Manungsa bakal diulungakémarang tangané wong-wong sing arepnyédani Panjenengané. Nanging ingtelung dinané Panjenengané bakalwungu menèh saka ing sédané."32Para rasul padha ora nyandhakkaro dhawuhé Gusti Yésus mau,

MARKUS 9.33–38 64

nanging padha ora wani matur marangPanjenengané.33Gusti Yésus lan para rasul tindakéwis tekan kutha Kapèrnaum. Ana ingpondhokan, Gusti Yésus ndangu marangpara rasul: "Ana ing dalan mau kowépadha rembugan bab apa?"34Nanging para rasul mau ora ana singmangsuli, sebab padha rebut unggul babsapa sing pinunjul dhéwé ing antaranéwong sakanca kuwi.35Gusti Yésus nuli lenggah sarta nimbalipara rasul rolas, dipangandikani: "Sapasing kepéngin dadi pengarep, kuwi kududadi baturé wong kabèh."36Gusti Yésus banjur nimbali bocahcilik sing didhawuhi ngadeg ana ingngarepé para muridé kabèh. Gusti Yésusngrangkul bocah mau, banjur ngandika:37 "Sapa sing nampani bocah singmengkéné iki atas jeneng-Ku, kuwi Akusing ditampani. Lan sing sapa nampaniAku, kuwi dudu mung Aku waé singditampani, nanging uga Gusti Allah singngutus Aku."38Rasul Yohanes matur: "Guru, kulasami sumerep wonten tiyang ingkangnundhungi dhemit mawi nyebut asma

MARKUS 9.39–44 65

Panjenengan. Tiyang wau lajeng samikula awisi, awit piyambakipun sanèssaking golongan kita."39Gusti Yésus ngandika: "Ajakokpenging. Awit yèn ana wong gawémujijat nganggo nyebut jeneng-Ku, kuwimesthi ora bakal tumuli ngala-ala Aku.40Sapa sing ora nglawan kita, kuwinyarujuki.41Ngandela, wong sing mènèhi kowéngombé merga enggonmu dadi muridéSang Kristus, wong kuwi mesthi bakaltampa ganjaran saka Gusti Allah."42Gusti Yésus paring piwulang marangpara rasul mengkéné: "Wong sing dadijalarané wong cilik sing padha precayamarang Aku nganti nyingkur Aku, wongkuwi luwih becik dibandhulana watusing gedhé, banjur dicemplungaké ingsegara.43Menawa tanganmu dadi jalaran kowénglakoni dosa, kethoken waé! Awit luwihbecik kowé ngalami urip langgeng kanthitangan siji, tinimbang tanganmu geneploro, nanging kowé mlebu nraka, singgeniné ora bakal sirep.44 [Ing nraka singgaté ora mati langeniné ora sirep.]

MARKUS 9.45–10.1 6645Menawa sikilmu njalari kowé gawédosa, luwih becik kethoken waé! Awitluwih becik kowé urip kanthi sikil siji,tinimbang sikilmu genep loro, nangingmlebu nraka.46 [Nraka kuwi singgaté ora mati langeniné ora sirep.]47Déné menawa mripatmu singmarakaké kowé gawé dosa, cuplikenwaé! Awit luwih becik kowé dadi umating Kratoné Allah kanthi mripat siji,tinimbang kowé duwé mripat loro,nanging kacemplungaké ing nraka.48 Ing nraka singgaté ora mati langeniné ora sirep.49Saben wong kudu nglakonipendadaran supaya precayané oraluntur. Srana pengalaman singmengkono kuwi, wong mau presasatdiuyahi supaya awèt.50Uyah kuwi gedhé paédahé, nangingmenawa wis ilang asiné enggonmumulihaké asiné kepriyé? Kowé padhadadia wong sing presasat wis diuyahi.Lan padha uripa bebarengan kanthirukun."

101Saka kutha Kapèrnaum GustiYésus banjur tindak menyang

MARKUS 10.2–7 67

tanah Yudéa, lan banjur nyabrang KaliYardèn. Kaya sabené, akèh wong singpadha teka, ngrubung Gusti Yésus.Wong-wong mau nuli padha diwulang.2Wong Farisi sawetara padha teka,arep nyoba Gusti Yésus, padha maturmengkéné: "Miturut Torèt, tiyang jalermenapa kénging megat sémahipun?"3Gusti Yésus ngandika karo gentindangu: "Dhawuhé Nabi Musa marangkowé kepriyé?"4Wong-wong Farisi mau padhamangsuli: "Manut prenatanipun NabiMusa, tiyang jaler kénging megatsémahipun, angger nyukani seratpegat."5Gusti Yésus banjur ngandika menèhmarang wong-wong Farisi mau:"Enggoné Nabi Musa gawé prenatan singmengkono kuwi merga saka wangkotingatimu!"6 Ing sekawit, nalika Gusti Allahnitahaké manungsa, ana pangandikamengkéné: "Gusti Allah nitahakémanungsa lanang lan wadon.7Mulané wong lanang bakal ninggalbapa lan biyungé, banjur dadi siji karobojoné.

MARKUS 10.8–14 688Sing loro kuwi wis dadi siji. Dadiwong-wong mau wis ora loro, nangingmung siji.9Mulané manungsa ora olèh misahakéwong-wong sing wis didadèkaké sijidéning Gusti Allah."10Bareng wis padha ana ing omahmenèh, para rasul banjur padha nyuwunpirsa marang Gusti Yésus bab prakaramau.11Dhawuhé: "Sing sapa megat bojoné,banjur kawin karo wong wadon liyané,kuwi laku jina, sèdhèng tumrap bojonésing dipegat mau.12Semono uga wong wadon sing megatbojoné, banjur kawin karo wong lanangliyané, kuwi iya laku jina."13Wong-wong padha nyowanakéanak-anaké ana ing ngarsané GustiYésus, supaya padha diberkahi. Nangingwong-wong mau padha disrengenidéning para rasul.14Pirsa mengkono mau Gusti Yésusbanjur duka karo para rasul, dhawuhé:"Karebèn bocah-bocah marani Aku, ajapadha kokalang-alangi, awit wong singkaya bocah-bocah kuwi sing padha dadiumat ing Kratoné Allah.

MARKUS 10.15–21 6915Élinga, wong sing ora nampaniKratoning Allah kaya patrapé bocah,ora bakal ngrasakaké kanikmataningKratoné Allah mau."16Sawisé kuwi Gusti Yésus banjurngrangkuli bocah-bocah mau, tumulisiji-siji ditumpangi asta lan diberkahi.17Nalika Gusti Yésus nglajengakétindaké, ana wong nututi karo mlayu.Wong mau banjur sujud ing ngarsané,karo matur: "Rama Guru, ingkang utami.Kula kedah nglampahi menapa, supadosangsal gesang ingkang sejatos?"18Gusti Yésus ngandika: "Yagéné kowékokngarani Aku utama? Ora ana wongsing utama. Sing utama kuwi mungGusti Allah piyambak.19Mesthiné kowé wis ngerti angger-anggeré Gusti Allah, yakuwi: ‘Kowé ajamatèni wong, aja laku jina, aja nyolong,aja goroh, aja ngapusi, ngajènanabapakmu lan ibumu.’"20Wong mau nuli matur menèh: "RamaGuru, angger-anggeripun Gusti Allahmenika wau sampun kula lampahisedaya, wiwit kula taksih laré."21Gusti Yésus mirsani wong mau kanthikebak ing katresnan, tumuli ngandika:

MARKUS 10.22–26 70

"Isih saprakara sing durung koklakoni,yakuwi: Bandhamu kabèh edolen. Banjurdhuwit pepayoné edum-edumna marangpara wong miskin, temah kowé bakalolèh bandha ana ing swarga. Yèn wis,kowé banjur balia mréné menèh, mèluaAku."22Bareng krungu dhawuhé Gusti Yésusmengkono kuwi, wong mau gela banget.Mula banjur mundur saka ngarsanéGusti Yésus klawan ati sedhih, sebabbandhané akèh banget.23Gusti Yésus banjur mirsani marangpara rasul kabèh. Nuli ngandika: "Angèltemen wong sugih dadi umat ana ingKratoné Allah."24Para rasul padha dheleg-dheleg,gumun ngrungokaké ngandikané GustiYésus mau. Gusti Yésus banjur ngambalingandika: "Mlebu ana ing Kratoné Allahkuwi pancèn angèl banget.25Luwih gampang unta mlebu ingbolonganing dom, tinimbang karo wongsugih mlebu dadi umat ana ing KratonéAllah."26Krungu pangandika mau para rasulsaya kagèt, banjur padha takon-tinakon:

MARKUS 10.27–31 71

"Yèn mengkono, banjur sapa sing bisaolèh keslametan!"27Gusti Yésus banjur mirsani pararasul kabèh, tumuli ngandika: "Tumrapémanungsa kuwi mau kabèh mokal.Nanging ing ngatasé Gusti Allah, ora anabarang sing mokal!"28Rasul Pétrus banjur matur: "Kawulasedaya menika rak ugi sampunnilar samukawis, lajeng ndhèrèkPanjenengan."29Gusti Yésus ngandika: "Iya, mulanépadha éling-élingen! Saben wong singninggal brayaté, ninggal seduluré lananglan seduluré wadon, ninggal bapakné,ninggal ibuné, utawa ninggal anak-anakélan ninggal palemahané merga saka Akulan merga Injilé Gusti Allah,30wong kuwi mesthi bakal tampaluwih akèh menèh. Bakal tampa tikelsatus, ya omah, ya sedulur lanang, yasedulur wadon, ya ibu, ya anak-anak, yapalemahan, senajan wong mau ora luputsaka panganiaya. Lan mbésuk ing akératwong mau bakal tampa urip sing sejati.31Nanging akèh wong sing saiki anaing ngarep, bakal tiba mburi. Lan akèh

MARKUS 10.32–35 72

wong sing saiki ana ing mburi, bakal tibangarep."32Gusti Yésus lan para rasul lagi padhamenyang kutha Yérusalèm. Gusti Yésustindaké ana ing ngarepé para rasulsing durung padha mari kagèté. Lanwong-wong sing padha ndhèrèkaképadha wedi. Gusti Yésus banjur nimbalipara rasul rolas menèh dhèwèkan, lanbanjur ngandikani apa sing bakal dialamidéning Panjenengané, ngandikané:33 "Padha rungokna, kita saiki lagipadha menyang kutha Yérusalèm. Anaing kana Putraning Manungsa bakaldiulungaké marang para pengarepingimam lan para ahli Torèt, diadili landiukum pati. Panjenengané bakaldipasrahaké marang wong-wong duduYahudi.34Wong-wong kuwi bakal padhamoyoki, ngidoni, nyiksa, lan wekasanényalib Panjenengané. Nanging ing telungdinané Putraning Manungsa mau bakalwungu saka ing séda."35Rasul Yakobus lan Rasul Yohanes,loro-loroné anaké Zébedéus, padhasowan ing ngarsané Gusti Yésus, banjur

MARKUS 10.36–40 73

padha matur: "Rama Guru, keparengakula sami nyuwun pirsa."36Pangandikané Gusti Yésus: "Iya, arepnyuwun pirsa apa?"37Wangsulané wong loro mau:"Mbénjing samangsa Panjenengansampun ngasta pangwasa wontening Kratonipun Allah, keparengakula sami linggih jèjèr Panjenengan,setunggal ing tengen, setunggal ing kiwaPanjenengan."38Pangandikané Gusti Yésus: "Kowéora ngerti apa sing padha koksuwun.Apa kowé wani ngombé saka ing tuwungkasangsaran sing bakal Dakombé? Apakowé saguh ngalami kasangsaran singbakal Dakalami?"39Wangsulané: "Inggih, sagah!" GustiYésus ngandika menèh: "Pancèn, kowébakal padha ngombé saka ing tuwungkasangsaran sing bakal Dakombé, lankowé bakal ngalami kasangsaran singbakal Dakalami,40nanging netepaké lungguh ingtengen-Ku utawa ing kiwa-Ku, kuwi duduwewenang-Ku; Gusti Allah piyambaksing netepaké sapa sing bakal lungguhana ing tengen-Ku lan ing kiwa-Ku."

MARKUS 10.41–46 7441Bareng para rasul sepuluh liyanépadha krungu aturé Rasul Yakobus lanRasul Yohanes marang Gusti Yésus mau,nuli padha nepsu marang wong loromau.42Nanging para rasul kabèh banjurpadha ditimbali déning Gusti Yésus, nulidingandikani: "Kowé rak padha ngertiapa sing padha dilakoni déning wong-wong sing padha nyekel pangwasa,yaiku ngerèh rakyaté. Para penggedhémau padha nindhes marang rakyaté.43Nanging kowé ora kena padhanglakoni sing mengkono kuwi. Malahkosok baliné, sapa sing kepéngin dadigedhé dhéwé ana ing antaramu, kuwikudu dadi baturmu.44Lan sapa sing kepéngin dadikwasa dhéwé, kuwi kudu gelem dadibatur-tukon tumrap kowé kabèh.45Sebab Putraning Manungsa kuwirawuhé ora mundhut diladèni, nangingmalah ngladèni, lan masrahaké nyawané,kanggo ngluwari wong akèh."46Tindaké Gusti Yésus lan paramuridé wis tekan ing kutha Yérikho.Bareng arep metu saka kutha kono,kadhèrèkaké déning wong sapirang-

MARKUS 10.47–51 75

pirang, dumadakan ing sapinggiringdalan ana wong wuta ngemis, jenengéBartiméus, anaké Timéus.47Bareng krungu, yèn sing langkunging dalan kono kuwi Yésus saka kuthaNasarèt, Bartiméus banjur nguwuh:"Gusti Yésus, tedhakipun Sang PrabuDawud, mugi welas dhateng kawula."48Wong-wong padha ngélikakéBartiméus, dikon meneng. Nangingmalah saya seru panguwuhé:"Putranipun Sang Prabu Dawud,mugi Panjenengan welas dhatengkawula!"49Gusti Yésus banjur mandheg lanngandika marang wong-wong sing anaing kono: "Wong kuwi undangen mréné."Wongé wuta mau nuli diparani, lanwong akèh padha ngandhani Bartiméus:"Wis menenga! Kowé ditimbali Guru,ngadega!"50Bartiméus banjur énggal-énggalnguculi jubahé, lan banjur rerikatanmarani Gusti Yésus.51Gusti Yésus banjur ndangu marangBartiméus: "Aku kokkon apa? Kepriyékarepmu?" Bartiméus mangsuli: "Kulakepéngin saged sumerep, Gusti!"

MARKUS 10.52–11.4 7652Gusti Yésus banjur ngandika: "Ya,wis mundura. Precayamu sing mitulungikowé." Sanalika Bartiméus bisa ndeleng,sarta banjur ndhèrèkaké Gusti Yésus.

111Tindaké Gusti Yésus lan wongakèh mau wis mèh tekan kutha

Yérusalèm. Nuli padha mampir anaing désa Bètfagé lan désa Bètani, ingsacedhaké Gunung Zaitun. Gusti Yésusbanjur utusan muridé loro ndhisikitindaké,2dhawuhé: "Kowé padha menyangaing désa ngarep kuwi. Salebumu ingdésa kono, kowé bakal padha weruhbelo dicencang. Belo mau durung tauana sing nunggangi. Uculana, banjurgawanen mréné.3Yèn ana wong nakoni kowé, apasebabé belo mau kokuculi, wangsulana:‘Gusti sing arep nitih kuldi iki. Mengkoyèn uwis, arep énggal dibalèkakémenèh.’"4Murid loro mau nuli padha mangkat lannemu beloné, kacencang ing gapuraningdésa, ana ing pinggir dalan. Belo maubanjur padha diuculi.

MARKUS 11.5–11 775Ana wong sawetara sing padha anaing kono ngaruh-aruhi: "Lho! Belonékokkokuculi?"6Murid-murid mau padha mangsulikaya sapiwelingé Gusti Yésus. Wong-wong mau banjur padha menengwaé.7Beloné nuli dituntun menyangngarsané Gusti Yésus. Murid-muridbanjur nguculi jubahé, dilèmèkaké inggegeré belo, Gusti Yésus banjur nitih.8Wong akèh banjur padha nggelarjubahé ana ing dalan sing dilangkungidéning Gusti Yésus. Uga ana wong-wongsing padha nyoklèki pang-pang sing isihijo ana ing pategalan, padha dijèrèngana ing dalan sing dilangkungi déningGusti Yésus.9Wong-wong sing padha mlaku ana ingsangarepé lan samburiné Gusti Yésuskabèh padha nguwuh: "Pinujia Pangéran.10Binerkahana sing rawuh atas asmanéGusti Allah. Langgenga kratoné SangPrabu Dawud, leluhur kita! Pinujiaasmané Gusti Allah!"11Gusti Yésus banjur mlebet ingkutha Yérusalèm, tindak menyangPedalemané Allah. Panjenengané

MARKUS 11.12–15 78

mirsani samubarang sing ana ing kono.Nanging sarèhné wis surup, Gusti Yésusbanjur tindak menyang désa Bètani,kadhèrèkaké déning para muridé rolas.12Ésuké Gusti Yésus lan murid-muridépadha tindak menèh saka séda Bètani.Gusti Yésus kraos luwé.13Saka kadohan Panjenengané pirsaana wit anjir sing godhongé ketel banget.Gusti Yésus marani wit mau, mirsanimbokmenawa ana wohé. Nanging barengwis tekan ing kono, mung manggihgodhong thok, ora ana wohé siji-sijia,sebab pancèn durung ungsumé.14Gusti Yésus banjur ngandika: "Wiwitsaiki bakal ora ana wong sing manganwohmu menèh ing selawas-lawasé!"Para muridé padha krungu pangandikakuwi mau.15Bareng wis padha tekan ing kuthaYérusalèm, Gusti Yésus banjur tindakmlebu ing Pedalemané Allah. Wong-wongsing padha dol-tinuku ing Pedalemankono nuli padha didhawuhi metu. Méja-méjané tukang ngijoli dhuwit, semonouga bangku-bangkuné wong-wong singadol dara, padha diglimpangaké.

MARKUS 11.16–21 7916Wong-wong sing padha teka nggawadagangané arep mlebu ing papanpangibadah, padha dicegah.17Wong-wong mau padha dingandikani:"Apa kowé padha ora ngerti yèn anatulisan mengkéné: ‘Omah-Ku bakaldisebut papan pangibadahé sakèhingpara umat.’ Nanging saiki malahkokdadèkaké papan pandhelikanémaling-maling."18Bareng para pengareping imamlan para ahli Torèt padha krungupangandikané Gusti Yésus mau, banjurpadha golèk dalan bisané nyédaniPanjenengané. Wong-wong mau padhawedi karo Gusti Yésus, merga wongkabèh padha kepranan karo piwulangé.19Bareng wis soré Gusti Yésus lan paramuridé padha tindak menèh, metu sakakutha kono.20Ésuké Gusti Yésus lan para muridépadha tindak, ing dalan pirsa wit anjirsing winginé disupatani Gusti Yésus. Witkuwi jebul wis mati, nganti tekan oyodépisan.21Rasul Pétrus banjur kèlingan lelakonéwit anjir mau, nuli matur: "Guru, wit

MARKUS 11.22–27 80

anjir ingkang Panjenengan supaosimenika sampun pejah."22Gusti Yésus ngandika: "Padhangandela! Menawa kowé precayamarang Gusti Allah,23kowé padha bisa akon punthuk kuwi,‘mumbula lan ambyura ing segara’,kuwi mesthi bakal kelakon, anggerora mangu-mangu. Menawa precayatemenan, apa sing kokkandhakaké maumesthi bakal kelakon.24Mulané kowé padha Dakkandhani:Menawa kowé ndedonga nyuwunapa-apa, padha precayaa, yèn apa singkoksuwun kuwi wis diparingaké. Dadiapa waé sing koksuwun bakal ketutugan.25Menawa kowé lagi ndedonga,apuranen kabèh wong sing duwékeluputan karo kowé, supaya Ramamuing swarga iya ngapura keluputan-keluputanmu.26 [Menawa kowé ora padha ngapurakeluputaning liyan, Ramamu ing swargauga ora bakal ngapura keluputan-keluputanmu.]"27Gusti Yésus lan para muridé padhatekan kutha Yérusalèm menèh. BarengGusti Yésus tindak-tindak ana ing

MARKUS 11.28–32 81

Pedalemané Allah, para pengarepingimam, para ahli Torèt, tuwin parapinituwa, banjur padha marani.28Wong-wong mau padha maturmarang Gusti Yésus: "Panjenengannindakaken prekawis-prekawis menikaadhedhasar pangwaos menapa? Sinteningkang nyukani wewenang dhatengPanjenengan nindakaken menikasedaya?"29Gusti Yésus ngandika: "Aku areptakon karo kowé saprakara waé. Menawapitakon-Ku wis kokwangsuli, kowé bakalgentèn Dakkandhani bab wewenang-Kunindakaké prekara-prekara mau kabèh.30Coba wangsulana, Nabi Yohaneskuwi enggoné mbaptis olèh wewenangsaka sapa. Saka Gusti Allah, apa sakamanungsa?"31Para pengareping imam, para ahliTorèt lan para pinituwa mau banjurpadha rembugan dhéwé: "Yèn awakédhéwé kandha: ‘Saka Gusti Allah’,dhèwèké mesthi bakal takon: ‘Kena apakowé kokpadha ora precaya marangNabi Yohanes?’32Yèn awaké dhéwé kandha: ‘Sakamanungsa’, kuwi ora bisa." (Wong-wong

MARKUS 11.33–12.3 82

mau padha wedi marang wong akèh,sebab kabèh padha yakin, yèn Yohaneskuwi nabi.)33Mulané wong-wong mau banjurpadha matur marang Gusti Yésus:"Kula sami mboten mangertos." GustiYésus banjur ngandika: "Yèn ngono Akuuga ora bakal ngandhakaké marangkowé, saka ngendi asalé pangwasa-Kunindakaké kuwi mau kabèh."

121Gusti Yésus banjur wiwitmulang wong akèh mau nganggo

pasemon. Pangandikané: "Ana wongmbangun pakebonan anggur. Pakebonanmau dipageri mubeng. Nuli ngedhukjugangan kanggo meres angguré, langawé panggung penjagan. Pakebonanmau banjur diséwakaké marang wong-wong tani. Sawisé mengkono wong maulunga menyang manca negara.2Bareng wis mangsané panèn, wongmau utusan abdiné, supaya njalukbagéaning panèn marang wong-wongsing padha nyéwa mau.3Nanging abdi mau dicekel déningwong-wong sing padha nyéwa, banjurdigebugi. Sawisé digebugi banjur dikonbali nglenthung.

MARKUS 12.4–9 834Sing duwé pakebonan anggur banjurutusan abdi liyané. Nanging abdi kuwiuga dipenthungi sirahé lan digawésawenang-wenang.5Wong sing duwé pakebonan anggurbanjur utusan abdi liyané menèh.Nanging abdi mau malah dipatèni.Mengkono uga akèh abdi-abdi liyanémenèh sing padha disiksa déning singpadha nyéwa pakebonan anggur mau.Ana sing digebugi lan ana sing dipatèni.6Saiki mung kari siji sing kenadiutus, yakuwi anaké dhéwé, anak singditresnani. Anaké mau banjur diutus,pikirané: ‘Wong-wong kuwi mesthipadha éring karo anakku dhéwé.’7Nanging wong-wong sing padha nyéwamau malah padha rerasanan: ‘Lha kaé,anaké sing duwé pakebonan. Ayo padhadipatèni waé, supaya pakebonané ikidadi duwèké awaké dhéwé!’8Anaké sing duwé pakebonan maubanjur dicekel lan dipatèni; layonédiuncalaké ing sanjabané pakebonananggur."9Pendanguné Gusti Yésus: "Apa singbakal ditindakaké déning wong singduwé pakebonan anggur mau? Wong

MARKUS 12.10–14 84

mau bakal mangkat dhéwé. Singpadha nyéwa bakal padha dipatèni.Banjur pakebonané diséwakaké marangwong-wong liya.10Kowé rak wis tau maca singmengkéné: ‘Watu sing ditampik déningahli gawé omah, jebul watu kuwi singmalah gedhé dhéwé gunané.11Kuwi pakaryané Gusti Allah; singnggumunaké banget.’"12Para pengarepé bangsa Yahudimau ngudi bisané nyekel Gusti Yésus,sebab padha ngerti yèn sing disemoniGusti Yésus kuwi dhèwèké. Nangingwong-wong mau padha wedi karowong akèh. Mulané Gusti Yésus banjurdietogaké waé, nuli padha lunga.13Para pengareping imam lan ahli-ahliTorèt sarta para pinituwa mau banjurkongkonan wong Farisi sawetara lanwong-wong saka golongan Hérodès,padha sowan marang Gusti Yésus,padha arep nyengkolongk Panjenenganénganggo pitakonan-pitakonan.14Ana ing ngarsané Gusti Yésus wong-wong mau banjur padha matur: "Guru,kula sami mangertos, bilih Panjenengan

knyengkolong: menjebak (bhs. Ind.).

MARKUS 12.15–18 85

menika tiyang ingkang jujur, mbotenmreduli dhateng penganggepipuntiyang-tiyang. Panjenengan memulangbab kersanipun Gusti Allah menapawontenipun, lan mboten saged dipunpengaruhi déning sinten kémawon.Samenika pitakènan kula: Miturutprenataning agami kita, mbayar pajegdhateng Kaisar Rum, menika kéngingmenapa mboten?"15Gusti Yésus pirsa pikirané wong-wong mau, mulané banjur ngandika:"Apa sebabé kowé kokpadha arepnyengkolong Aku? Aku tuduhana dhuwitpérak!"16Gusti Yésus banjur diaturi dhuwitpérak siji. Banjur ndangu marangwong-wong mau: "Coba, iki gambarésapa, lan capé sapa iki?" "GambaripunSang Kaisar lan capipun Sang Kaisar,"wangsulané wong-wong mau.17Gusti Yésus banjur ngandika: "Yènmengkono, Sang Kaisar aturana singdadi kagungané Sang Kaisar, lan GustiAllah saosana sing dadi kagungané GustiAllah."18Ana wong Saduki sawetara padhasowan ing ngarsané Gusti Yésus (wong

MARKUS 12.19–22 86

Saduki kuwi wong sing padha orangandel yèn wong mati bakal tangimenèh).19Wong-wong mau padha maturmarang Gusti Yésus: "Guru, NabiMusa sampun damel prenatan kanggékula sedaya mekaten: Samangsawonten tiyang jaler ingkang pejah,nilar randha nanging mboten gadhahanak, sedhèrèkipun jaler tiyang ingkangpejah menika kedah mendhet randhawau dados sémahipun, supadosnglestantunaken turuné sedhèrèkipunjaler ingkang sampun pejah wau.20Lah, samangké wonten tiyang jalerpitu sasedhèrèk. Ingkang mbajengémah-émah, nanging lajeng pejah tanpanilar anak.21Adhinipun lajeng mendhet randhawau dados sémahipun. Nangingpiyambakipun ugi lajeng pejah tanpanilar anak. Mekaten ugi lelampahanipunsedhèrèk ingkang nomer tiga, nomersekawan ngantos dumugi pitu.22Tiyang-tiyang wau sedaya sampunnaté sesémahan kaliyan tiyang èstrimenika tanpa gadhah anak. Tiyang èstriwau akiripun inggih lajeng pejah.

MARKUS 12.23–27 8723Samenika pitakèn kula dhatengPanjenengan: ‘Mbénjing, ingmangsanipun tiyang pejah samikatangèkaken déning Gusti Allah, tiyangèstri wau badhé dados sémahipunsinten? Awit sedaya sedhèrèk jaler pituwau sampun naté mendhet tiyang èstriwau dados sémahipun.’"24Gusti Yésus banjur ngandika: "Kowékuwi klèru banget, awit padha ora ngertisurasané Kitab Suci, lan ora ngertimarang pangwasané Gusti Allah.25Sebab yèn wong mati mbésukkatangèkaké, wong-wong mau ora bakalomah-omah menèh, nanging bakalpadha urip kaya malaékat ing swarga.26Lan bab tanginé wong mati, apakowé ora tau maca Kitabé Nabi Musa,bab grumbul eri sing murub? Ingayat-ayat mau ana tulisan, yèn GustiAllah ngandika marang Nabi Musa: ‘Akuiki Allahé Abraham, Allahé Iskak lanAllahé Yakub!’27Apa Gusti Allah kuwi dudu Allahéwong urip? Kuwi ateges yèn wongsing ngabekti marang Gusti Allah kuwiwong-wong sing urip, dudu wong singmati."

MARKUS 12.28–32 8828Ana para ahli Torèt sing ngrungokakéwawancarané wong-wong Saduki karoGusti Yésus kuwi. Para ahli Torèt maungarani, yèn ngandikané Gusti Yésusbener banget. Dhèwèké banjur maturmarang Gusti Yésus: "Angger-anggeringkang wigatos piyambak menikaingkang pundi?"29Gusti Yésus ngandika: "Dhawuh singgedhé dhéwé kuwi mengkéné: ‘WongIsraèl, padha rungokna! Ora ana Allahliyané kejaba mung Allah sing kitabektèni.30Kowé padha tresnaa marang GustiAllah kanthi gemblenging atimu langemblenging jiwa ragamu, kanthisakèhing kapinteranmu lan sakatogingkekuwatanmu.’31Déné dhawuh sing nomer loro: ‘Kowépadha tresnaa marang sapepadhamukaya enggonmu tresna marang awakmudhéwé.’ Ora ana angger-anggerliyané menèh sing gedhéné ngungkuliangger-angger loro mau."32Ahli Torèt mau banjur nyambungi:"Menika leres sanget. Kasinggihanmenapa ingkang Panjenenganngandikakaken. Ingkang jumeneng Allah

MARKUS 12.33–36 89

mboten wonten sanèsipun kejawi GustiAllah piyambak.33Lan manungsa kedah tresnadhateng Gusti Allah kanthi gemblengingmanahipun, kanthi sekathahingpikiranipun, kanthi sakatogingkekiyatanipun, sarta tresna dhatengsesami kados enggènipun nresnanidhateng badanipun piyambak;menika langkung wigatos tinimbangngurbanaken kéwan lan sanès-sanèsipundhateng Gusti Allah."34Saka wangsulané ahli Torèt mauGusti Yésus pirsa yèn dhèwèké kuwiwong sing wicaksana. Mulané GustiYésus banjur ngandika: "Kowé wis wiwitnyandhak kepriyé carané dadi umating Kratoné Allah." Sabanjuré ora anamenèh wong sing wani takon apa-apamarang Gusti Yésus.35Nalika Gusti Yésus memulang anaing Pedalemané Allah, Panjenenganémundhut pirsa: "Kepriyé nalaré, kokparaahli Torèt padha ngandhakaké, yèn SangKristus kuwi turuné Sang Prabu Dawud?36Mangka Sang Prabu Dawuddhéwé, kanthi panuntuné Roh Suci,ngandika: ‘Gusti Allah wis ngandika

MARKUS 12.37–40 90

marang Gustiku: Lungguha anaing tengen-Ku nganti Aku nelukakémungsuh-mungsuhmu ana ing tlapakanésikilmu.’37 (12-37a) Sang Prabu Dawud dhéwényebut Sang Kristus: ‘Gusti’, kepriyédéné Panjenengané kokturuné SangPrabu Dawud?" (12-37b) Wong akèh singpadha ana ing Pedalemané Allah maupadha seneng ngrungokaké piwulangéGusti Yésus.38Nalika Gusti Yésus mulang marangwong akèh mau, Panjenengané paringpitutur mengkéné: "Padha dingati-atikaro para ahli Torèt. Para ahli Torèt kuwipadha seneng nganggo jubah dawa,lan seneng diurmati déning wong ingpasar-pasar.39Ana ing papan-papan pangibadahlan ana ing pésta-pésta, senengé padhamilih panggonan sing ngarep dhéwé.40Nanging wong-wong mau padhaseneng mblithuki lan ngrampasomahé randha-randha, banjur padhaéthok-éthok ndedonga kang suwékanggo nutupi pialané. Wong-wong singmengkono kuwi bakal abot paukumané!"

MARKUS 12.41–13.1 9141Nalika Gusti Yésus pinarak ingsangareping pethi pisungsung ingPedalemané Allah, Panjenenganémigatosaké wong-wong enggoné padhasaos pisungsung. Akèh wong sugih-sugihsing padha saos pisungsung dhuwitakèh.42Banjur ana randha mlarat teka,nglebokaké dhuwit rong gobang, dhuwitsing cilik dhéwé ajiné.43Gusti Yésus banjur nimbali murid-muridé, sarta ngandika: "Kowé padhaDakkandhani: randha mlarat kuwienggoné nglebokaké dhuwit ana ingpethi pisungsung luwih akèh tinimbangkaro wong-wong liyané kabèh.44Sebab dhuwit sing padha dilebokakéing pethi pisungsung mau sakakaluwihané. Nanging randha miskinkuwi wis nglebokaké dhuwité kabèhsing diduwèni, sing dibutuhaké kanggonyambung uripé."

131Nalika Gusti Yésus miyos sakaPedalemané Allah, ana muridé

sing matur marang Panjenengané:"Gusti, Panjenengan kula aturi mirsani.Iba éndahipun gedhong-gedhong sahaséla-sélanipun."

MARKUS 13.2–7 922Gusti Yésus ngandika: "ApaPedalemané Allah iki kokarani éndah?Watu siji waé ora ana sing bakal tetepana ing panggonané. Awit saben watubakal dijugrugaké."3Nalika Gusti Yésus pinarak anaing Gunung Zaitun, sing dunungéadhep-adhepan karo Pedalemané Allah,murid-muridé yakuwi Pétrus, Yakobus,Yohanes lan Andréas, padha sowandhéwé ana ing ngarsané.4Murid-murid mau padha matur:"Guru, mbénjing menapa sedaya menikaenggènipun badhé kelampahan? Lanmenapa tandha-tandhanipun bilihsampun badhé dumugi wekdalipun?"5Gusti Yésus ngandika: "Padha singngati-ati, aja nganti kena diapusi ingwong.6Bakal akèh wong sing padha tekanganggo jeneng-Ku, lan padha kandha:‘Aku iki Panjenengané!’, banjur padhangapusi wong akèh.7Menawa kowé padha krungu swaranéperang lan krungu kabar bab peprangan,aja padha wedi. Prekara-prekara singkaya mengkono kuwi pancèn kudu

MARKUS 13.8–11 93

kelakon. Nanging kuwi ora ateges yènjaman kiamat wis tekan mangsané.8Bangsa sing siji bakal memungsuhankaro bangsa sijiné. Negara sing sijibakal nglurugi perang negara liyané.Ing endi-endi bakal ana lindhu lan anapailan. Kuwi mau kabèh mung lagiwiwitané kaya wong wadon sing nglaraniarep babaran.9Kowé kudu padha ngati-ati, sebabkowé bakal padha dicekel lan diajokakéana ing pengadilaning agama. Kowébakal padha digebugi ana ing papan-papan pangibadah. Kowé bakal padhadiajokaké marang para penggedhélan raja-raja merga saka Aku, supayasrana mengkono, kowé padha nglairaképaseksi bab Aku marang wong-wongmau.10Sebab Injil kuwi mesthi diwartakakédhisik marang sakèhé bangsa.11Déné menawa kowé padha dicekellan diajokaké ana ing pengadilan, ajapadha kuwatir bab apa sing bakalkokkandhakaké. Yèn wis tekan wektuné,kandhakna waé apa sing didhawuhakédéning Gusti Allah marang kowéing wektu kuwi. Tembung-tembung

MARKUS 13.12–17 94

sing bakal kokucapaké kuwi dudutembungmu dhéwé, nanging pakaryanéSang Roh Suci.12Wong bakal ngulungaké sedulurédhéwé supaya dipatèni. Bapak bakalngulungaké anak-anaké, lan anak-anakbakal ngulungaké ibuné lan bapakné,supaya padha dipatèni. Kowé bakaldisengiti déning wong kabèh merga sakaAku.13Nanging wong sing tahan ngantitekan ing wekasan, wong kuwi bakaldislametaké."14 "Kowé bakal padha ndeleng ‘si Durakasing gawé rusak’ ana ing panggonan singdudu papané. (Catheten kanggo singmaca: padha ngertia, apa surasané.)Ing wektu kuwi wong-wong sing ana ingtanah Yudéa padha mlayua menyangpegunungan.15Wong sing ana ing payoning omah ajapadha ndadak mudhun njupuk apa-apasing ana ing omah.16Wong sing ana ing pategalan ajapadha mulih njupuk sandhangané.17 Iba enggoné nggegirisi ing dina-dinakuwi tumrapé para wong wadon sing lagi

MARKUS 13.18–22 95

padha mbobot, tuwin ing ngatasé ibu-ibusing padha nusoni bayiné.18Padha nyuwuna marang Gusti Allah,supaya lelakon-lelakon sing mengkonokuwi aja nganti kelakon ing mangsarendheng.19Sebab ing mangsa kuwi bakal anakasusahan sing gedhé banget, singdurung tau kelakon ana ing donyaiki, wiwit Gusti Allah nitahaké donyaiki nganti sepréné, lan uga ora bakalkelakon menèh.20Saupama Gusti Allah ora ngungkretmangsa kasangsaran mau, mesthi oraana wong siji waé sing bakal slamet.Nanging merga saka umat pilihané, GustiAllah nyendhakaké mangsa kasangsaranmau.21Yèn ing wektu kuwi ana wong kandhamarang kowé: ‘Delengen, Sang Kristusana ing kéné!’, utawa yèn ana singkandha: ‘Lha kaé, Panjenengané ana ingkana!’ kowé aja padha ngandel.22Sebab ‘kristus-kristus palsu’ lan‘nabi-nabi palsu’ bakal padha muncul.Kuwi bakal padha gawé mujijat-mujijatsing sedyané, yèn bisa, arep ngapusiumat pilihané Gusti Allah.

MARKUS 13.23–30 9623Sing padha waspada! Kabèh mauwis Dakkandhakaké marang kowésadurungé kelakon."24 "Sawisé mangsa kasusahan mau,srengéngé bakal dadi peteng, lanrembulan ilang padhangé.25Lintang-lintang bakal padha tiba sakaing langit, lan kaanan ing sakurebinglangit bakal kisruh ora karuwan.26 Ing wektu kuwi Putraning Manungsabakal ngetingal ing méga, ngagemkamulyan lan pangwasa.27Panjenengané bakal ngutusmalaékat-malaékaté supaya ngumpulakéumaté, sing pinilih saka kéblat papat,yakuwi saka tapel watesé bumi sisihtekan sisihé."28 "Padha sinaua saka kaanané wit anjir.Menawa epangé padha ijo-ijo lan memessarta wiwit semi, kowé padha ngerti yènwis mèh mangsa panas.29Mengkono uga, menawa kowé padhaweruh prekara-prekara mau kelakon,kowé padha ngertia yèn wis tekanwektuné Panjenengané rawuh.30Padha élinga! Wong-wong sing saikiisih urip, bakal isih padha ngalamilelakon-lelakon mau.

MARKUS 13.31–35 9731Langit lan bumi bakal sirna, nangingapa sing Dakkandhakaké ora bakalsirna."32 "Senajan mengkono, ora ana wongsiji waé sing ngerti kapan dinané lankapan wektuné prekara mau bakalkelakon. Malaékat-malaékat ing swargaora padha ngerti, lan Putraning Allah ugaora pirsa. Mung Sang Rama waé singpirsa.33Mulané kowé kudu tansah jaga-jagalan waspada, sebab kowé padha orangerti kapan wektuné.34 Ibaraté kaya wong sing ninggalomahé, lunga menyang papan adoh.Wong mau ndhawuhi abdi-abdiné,supaya ngurus omahé, siji-sijiné padhadiparingi kuwajiban dhéwé-dhéwé. Singdipatah jaga gapura, olèhé jaga supayasing tumemen.35Mulané kowé kudu tansah siyaga,sebab kowé padha ora ngerti kapanmulihé sing duwé omah mau. Bisa ugasoré, bisa uga tengah wengi, bisa ugaésuk umun-umun, bisa uga bareng karomlethèké srengéngé.

MARKUS 13.36–14.3 9836Samangsa-mangsa sing duwé omahmau teka, aja nganti kowé ketemu lagituru.37Kabèh sing Dakkandhakaké marangkowé iki, uga Dakkandhakaké marangwong kabèh: Padha jaga-jagaa lan singwaspada!"

141Riaya Paskah lan Riaya PéstaRoti Tanpa Ragi mung kari rong

dina menèh. Paskah kuwi riayanéagama Yahudi. Ing dina mau wongpadha mangan roti tanpa ragi. Parapengareping imam lan para ahli Torètisih padha golèk dalan enggoné arepnyekel lan nyédani Gusti Yésus.2Kandhané wong-wong mau: "Bab ikiaja ditindakaké ing dina riaya; mundhakmarakaké gègèran."3Gusti Yésus ana ing désa Bètani,mertamu ing omahé Simon sing wistau lara kusta. Nalika Panjenenganélagi dhahar, ana wong wadon mlebuing omah kono, nggawa botol isi lengasing kagawé saka oyod-oyod sing wangi.Lenga wangi mau regané larang. Gulunébotol dipecah, lengané diesokaké ingmestakané Gusti Yésus.

MARKUS 14.4–9 994Wong sawetara sing ana ing konopadha nepsu karo grundelan: "Apangono kuwi ora jeneng ngebrèh?5Nèk lenga kuwi diedol rak payutelung atus dinar, banjur dhuwitékena diwènèhaké wong-wong miskin."Wong-wong mau padha ngluputakéwong wadon kuwi.6Gusti Yésus banjur ngandika: "Mbokwis ta, padha enengna waé! Yagénékowé kokpadha cawé-cawé? Wong kuwinindakaké prekara sing becik tumrapAku.7Wong miskin rak selawasé ana ingantaramu. Nèk gelem, kowé padha bisamènèhi pitulungan marang wong-wongmau. Nanging Aku rak ora selawasé anaing antaramu.8Wong wadon iki wis nglakoni apamesthiné, yakuwi nyawisaké badan-Kusadurungé kakubur.9Ngandela, ing ngendi waé, ing donyaiki, angger Injil kaundhangaké, ingkono apa sing dilakoni wong wadon ikiuga bakal dicritakaké, supaya sranamengkono dadi pengéling-éling marangwong kuwi ing selawasé."

MARKUS 14.10–15 10010Yudas Iskariot, panunggalané paramurid rolas, nemoni para pengarepingimam arep ngulungaké Gusti Yésus.11Para pengareping imam barengkrungu rancangané Yudas Iskariot mau,padha seneng banget lan janji arepmènèhi dhuwit. Yudas Iskariot banjurgolèk dalan, kepriyé bisané ngulungakéGusti Yésus.12Nalika semana lagi Riaya Pésta RotiTanpa Ragi, dina sing kapisan. Ing dinakuwi wong padha nyembelèh cempékanggo Paskahan. Para muridé GustiYésus padha matur: "Gusti ngersakakenkita sami nyawisaken dhahar Paskahwonten ing pundi?"13Gusti Yésus banjur ngutus muridloro, didhawuhi mengkéné: "Kowé padhamenyanga kutha. Ana ing kono kowébakal padha kepethuk karo wong lananglagi nggawa kendhi. Wong kuwi etutna.14Endi omahé sing dileboni, sing duwéomah temonana, lan kandhaa: ‘Gustindangu: Endi panggonan sing arepDakenggo dhahar Paskah karo paramurid-murid-Ku?’15Wong mau bakal nuduhaképanggonané ana kamar ing dhuwur,

MARKUS 14.16–21 101

kamar gedhé, sing wis ditata apik, kabèhwis cumawis. Ing kono kowé padhanyawisna Paskah kanggo kita kabèh."16Murid loro mau banjur padhamangkat menyang kutha. Kabèh tinemukaya sing didhawuhaké déning GustiYésus. Murid-murid mau banjur padhanyawisaké dhahar Paskah ana ing kono.17Bareng wis wayah soré, Gusti Yésuslan para muridé rolas, padha munggahmenyang ing panggonan sing dicawisakémau.18Nalika wis padha kembul dhahar anaing méja, Gusti Yésus ngandika: "Anamurid-Ku, sing saiki lagi kembul manganing kéné, bakal ngulungaké Aku."19Murid-muridé banjur padha dadisusah, sarta padha genti-gentèn maturmarang Gusti Yésus: "Rak sanès kula taGusti?"20Nanging Gusti Yésus ngandika:"Pancèn panunggalanmu wong rolas iki.Mengko sapa sing nyelupaké rotiné anaing pinggan bareng karo Aku, yakuwiwongé.21Putraning Manungsa bakal séda,kuwi wis katulis ing Kitab Suci. Nangingbilai wong sing ngulungaké Putraning

MARKUS 14.22–27 102

Manungsa. Luwih becik saupama wongkuwi biyèn ora dilairaké."22Nalika lagi padha mangan, GustiYésus banjur mundhut roti. Sawisésaos panuwun marang Gusti Allah, rotimau dicuwil-cuwil, diparingaké marangmurid-muridé, karo ngandika: "Padhapanganen. Iki badan-Ku!"23Gusti Yésus nuli mundhut tuwungisi anggur, banjur ngaturaké panuwunmarang Gusti Allah. Sawisé mengkono,tuwungé banjur diparingaké marangpara muridé. Kabèh padha ngombégentènan.24Gusti Yésus banjur ngandika: "Ikigetih-Ku sing diwutahaké kanggo wongakèh, kanggo pikukuhing prasetyanéGusti Allah.25Nanging kowé padha Dakkandhani,yèn Aku ora bakal ngombé anggurmenèh nganti Aku ngombé anggur anyarana ing Kratoné Allah."26Gusti Yésus lan murid-muridé banjurpadha ngrepèkaké kidung pamuji.Sawisé kuwi banjur padha tindakmenyang Gunung Zaitun.27Gusti Yésus banjur ngandika marangpara muridé: "Kowé bakal padha keplayu

MARKUS 14.28–32 103

lan ninggal Aku. Sebab wis katulis anaing Kitab Suci, yèn Gusti Allah bakalmatèni pangoné, lan wedhus-wedhusébakal padha buyar.28Nanging sawisé Aku ditangèkakémenèh, Aku bakal lunga menyang tanahGaliléa, ndhisiki kowé."29Pétrus mangsuli: "Mboten! Senajanpara murid sanès-sanèsipun sami nilarPanjenengan, kula mesthi mboten."30Gusti Yésus banjur ngandika:"Titènana, bengi iki uga, sadurungé jagokluruk ping pindho, kowé bakal kandhanganti ping telu, yèn kowé ora kenalkaro Aku."31Pétrus banjur matur menèh: "Saèstu,mboten badhé kelampahan! Senajankula kedah pejah sareng kaliyanPanjenengan, kula mesthi mboten badhécriyos, bilih kula mboten tepang kaliyanPanjenengan." Para murid liyané iyapadha kandha mengkono.32Gusti Yésus lan para muridé padhatindak menyang taman sing jenengéGètsémané. Ana ing kono Gusti Yésusbanjur ngandika karo para muridé:"Padha ngentènana ana ing kéné. Akuarep ndedonga."

MARKUS 14.33–37 10433Gusti Yésus banjur dhawuh marangPétrus, Yakobus lan Yohanes, supayapadha ndhèrèk. Gusti Yésus kraos wedilan giris.34Pangandikané marang muridé telusing padha ndhèrèk: "Aku sedhih banget.Rasané kaya arep mati. Aku entènanaana ing kéné, lan aja padha turu."35Gusti Yésus banjur tindak rada adohsaka kono, banjur sumungkem ana inglemah, ndedonga. Ana ing pandonganémau Panjenengané nyuwun, yènkepareng, supaya ora susah ngalamilelakon sing mengkono kuwi.36Aturé: "Dhuh Rama, mboten wontenbarang ingkang mokal kagem Paduka.Menawi wonten kepareng Paduka,kasangsaran menika kasingkirna sakingkawula. Nanging sampun ngantospikajeng kawula, namunga kersa Padukakémawon ingkang kelampahan."37Sawisé mengkono Gusti Yésus banjurtindak ing panggonané murid-murid singpadha ngentèni, ketemu lagi padha turu.Gusti Yésus banjur ngandika marangPétrus: "Simon! Yagéné kowé kokturu?Apa kowé ora kuwat melèk sajam waé?"

MARKUS 14.38–43 10538Gusti Yésus banjur ngandika marangpara muridé mau: "Padha melèka, lanpadha ndedongaa, supaya kowé ajanganti dikalahaké déning panggodha.Pancèn rohmu kepéngin nglakoni apasing becik, nanging ora bisa, sebabdaging kuwi sèkèng."39Gusti Yésus banjur ndedonga menèh,kanthi matur padha kaya mau.40Sawisé kuwi banjur tindak menèh ingpanggonané murid-muridé, kang lagipadha turu menèh. Murid-muridé maupadha ngantuk banget. Mulané padhaora bisa mangsuli apa-apa.41Bareng Gusti Yésus rawuh singkaping teluné, Panjenengané banjurngandika: "Lho, kowé kokpadha turumenèh? Saiki wis tekan wektuné PutranéManungsa diulungaké lan dipasrahakémarang pangwasané para wong dosa.42Wis, padha tangia, lan ayo padhalunga. Delengen, wong sing ngulungakéAku wis teka!"43Nalika Gusti Yésus isih ngandikakaro para muridé, dumadakan YudasIskariot teka. Yakuwi panunggalanémuridé Gusti Yésus wong rolas. Yudasmau tekané bareng karo wong akèh sing

MARKUS 14.44–49 106

padha nggawa pedhang lan penthung.Wong-wong mau padha diutus déningpara pengareping imam, para ahli Torètlan pemimpin-pemimpiné wong Yahudi.44Yudas wis mènèhi tandha marangwong-wong mau, mengkéné: "Endiwong sing dakambung, yakuwi wongé.Cekelen, banjur gawanen lunga, lanjaganen sing kuwat."45Nalika Yudas tekan ing kono, banjurmarani Gusti Yésus karo muni: "BapakGuru!," banjur ngambung Gusti Yésus.46Wong-wong sing tekané bareng karoYudas mau banjur padha ngebyuk. GustiYésus dicekel, banjur dibanda.47Nanging ana salah sijiné wong ingkono, sing ngunus pedhangé, banjurdisabetaké abdiné Imam Agung ngantikupingé tatas.48Gusti Yésus ngandika marang wong-wong mau: "Apa Aku iki kokanggepwong ala, kokenggonmu nyekel Akupadha nggawa pedhang lan penthung?49Saben dina Aku rak ana ingngarepmu, memulang ana ingPedalemané Allah; kowé kokpadha oranyekel Aku. Nanging pancèn wis kuduné

MARKUS 14.50–55 107

mengkono, supaya kelakon apa sing wiskatulis ana ing Kitab Suci."50Para muridé Gusti Yésus nulipadha mlayu, Panjenengané ditinggalpiyambakan.51Ana nom-noman sing ngetutakéGusti Yésus, mung nganggo klambisalembar saka mori. Wong-wong padhaarep nyekel dhèwèké,52nanging nom-noman mau bisa uwal,mung klambiné sing kèri, banjur mlayutanpa klambi.53Gusti Yésus digawa menyang daleméImam Agung. Ing kono para pengarepingimam, para penggedhéné bangsa Yahudi,lan para ahli Torèt lagi padha ngumpul.54Pétrus ngetutaké Gusti Yésussaka kadohan, nganti mlebu ingplatarané dalemé Imam Agung. Anaing kono Pétrus banjur lungguh cedhakbedhiyang, bebarengan karo paraprejurit.55Para pengareping imam lan pegawéPradataning Agama kabèh padha ngudibisané olèh bukti-bukti, supaya GustiYésus pantes diukum pati. Nangingwong-wong mau padha ora olèhapa-apa.

MARKUS 14.56–61 10856Akèh seksi-seksi sing padha awèhpaseksi goroh bab Gusti Yésus, lanpaseksiné mau siji lan sijiné padhasulaya.57Banjur ana seksi-seksi sawetara singngadeg, ngandhakaké paseksi goroh ugabab Gusti Yésus.58Paseksiné mengkéné: "Kula samimireng, bilih tiyang menika criyos: ‘Akubakal ngrubuhaké Pedalemané Allahsing dibangun déning manungsa iki,lan sajroné telung dina bakal mbangunPedalemané Allah sing dudu gawéanémanungsa.’"59Nanging paseksiné wong-wong kuwiuga padha cengkah siji lan sijiné.60 Imam Agung tumuli ngadeg ana ingngarepé wong-wong kabèh mau, banjurtakon marang Gusti Yésus: "Apa kowéora mangsuli babar-pisan pandakwanéwong-wong mau marang kowé?"61Gusti Yésus mèndel waé, orangandika babar-pisan. Imam Agungbanjur takon sepisan menèh: "Apa kowékuwi Sang Kristus, sing dijanjèkakédéning Gusti Allah? Apa kowé kuwiPutraning Allah Kang Mahasuci?"

MARKUS 14.62–67 10962Gusti Yésus ngandika: "Iya, benerpangandikamu. Panjenengan kabèhbakal pirsa, yèn Putrané Manungsabakal lenggah ing sisih tengené KangMahakwasa. Lan panjenengan bakalpadha pirsa Putrané Manungsa rawuhana ing méganing langit."63Sakal Imam Agung banjur nyuwèk-nyuwèk agemané, sarta ngandika: "Saikiora prelu nganggo seksi menèh!64Kowé wis padha krungu dhéwéenggoné nyenyamah Gusti Allah kuwi.Saiki kepriyé putusané?" Wong kabèhmau banjur padha sarujuk, yèn GustiYésus wajib diukum pati.65Ana wong sawetara sing banjurngidoni. Uga ana wong sing nutupipaningalé Gusti Yésus, banjur ngantemiPanjenengané, karo takon: "Cobabedhèken, sapa sing ngantemi kowé?"Para prejurit uga padha mèlu ngantemiGusti Yésus.66Nalika Pétrus isih ana ing plataraningdalemé Imam Agung, ana wong wadonabdiné Imam Agung sing marani.67Bareng weruh Pétrus lagi bedhiyang,abdi wadon mau namataké rainé Pétrus,

MARKUS 14.68–72 110

banjur kandha: "Kowé rak iya muridéYésus, wong Nasarèt kuwi ta?"68Nanging Pétrus sélak. WangsulanéPétrus marang abdi mau: "Apakandhamu? Aku ora ngerti karepmu!"Pétrus banjur mlaku menyang gapura.Nalika semana banjur ana jago kluruk.69Abdi wadon mau banjur nyedhakiPétrus menèh. Lan dhèwèké ngandhaniwong-wong sing ana ing kono: "Wong ikirak iya muridé Yésus kuwi ta?"70Nanging Pétrus sélak menèh. Durungsepira suwéné, wong-wong sing anaing kono banjur kandha menèh marangPétrus: "Iya, saiki kowé ora bisa mukir,kowé pancèn golongané wong kuwi,sebab kowé uga wong Galiléa!"71Pétrus banjur wiwit sumpah-sumpah,kandhané: "Mbok mati ta aku. Aku orakenal karo wong sing kokkandhakakékuwi!"72 Ing wektu kuwi uga jago klurukkaping pindhoné. Pétrus banjur kèlingan,yèn Gusti Yésus naté ngandika marangdhèwèké: "Sadurungé jago klurukrambah ping pindho, kowé bakal nyélakiAku nganti ping telu; kandha yèn kowé

MARKUS 15.1–6 111

ora tepung karo Aku." Mulané Pétrusbanjur nangis kelara-lara.

151 Isih ésuk banget, para warganingPradata Agama wis nglumpuk

kabèh. Para pengareping imam, parapenggedhéné bangsa Yahudi, lanpara ahli Torèt, padha énggal-énggalrembugan. Gusti Yésus dibanda, nulidigawa menyang ngarsané GubernurPilatus, lan dipasrahaké.2Gubernur Pilatus ndangu marangGusti Yésus: "Apa bener, kowé ratunéwong Yahudi?" "Inggih leres menapaingkang panjenengan ngandikakaken,"mengkono ngandikané Gusti Yésus.3Para pengareping imam banjur padhangaturaké pandakwa werna-werna.4Gubernur Pilatus banjur ndangumenèh marang Gusti Yésus: "Apa kowéora mangsuli apa-apa? Coba, semonoakèhé pandakwané marang kowé!"5Nanging Gusti Yésus ora ngandikababar-pisan, nganti Gubernur Pilatusgumun.6Lumrahé pendhak Riaya PaskahGubernur Pilatus ngluwari wong ukumansiji, manut pilihané wong akèh.

MARKUS 15.7–14 1127Nalika semono ing pakunjaran anawong lanang jenengé Barabas. Wongmau panunggalané pembrontak singpadha matèni wong nalika ana rerusuh.8Wong-wong padha sowan marangGubernur Pilatus, sarta padha nyuwunluwaré wong ukuman siji, kaya adaté.9Gubernur Pilatus banjur ndangumarang wong akèh mau: "Apa kowérujuk, yèn aku ngluwari ratuné wongYahudi iki?"10Gubernur Pilatus wis pirsa, yèn parapengareping imam enggoné ngladèkakéGusti Yésus marang panjenengané, kuwimerga saka drengkiné.11Nanging para pengareping imampadha ngojok-ojoki wong akèh, supayapadha nyuwun luwaré Barabas.12Gubernur Pilatus banjur ndangumarang wong akèh mau: "Nèk ngono,banjur wong sing koksebut ratuné wongYahudi iki kudu dakkapakaké?"13Wong-wong mau padha mbengoksaur manuk: "Disalib mawon!"14Pitakoné Gubernur Pilatus: "Nangingkeluputané wong iki apa?" Wong-wongmau banjur padha bengok-bengok luwihsora menèh: "Disalib mawon!"

MARKUS 15.15–20 11315Mulané Gubernur Pilatus banjurngluwari Barabas kanggo wong-wongkuwi, supaya padha marem atiné.Pilatus nuli dhawuh, supaya Gusti Yésusdipecuti, banjur dipasrahaké supayadisalib.16Gusti Yésus digawa déning paraprejurit menyang bangsal pengadilan,ing gubernuran. Prejurit-prejurité kabèhtumuli diklumpukaké.17Gusti Yésus banjur padha diagemijubah wungu déning para prejurit mau,lan digawèkaké makutha saka eri.Makutha mau banjur diagemaké ana ingmestakané.18Sawisé kuwi para prejurit nuli awèhpakurmatan marang Gusti Yésus, karomuni: "Saos bekti, ratunipun tiyangYahudi!"19Mestakané Gusti Yésus banjurdithuthuk nganggo kayu lanPanjenengané banjur diidoni, sartapadha sujud ana ing ngarsané.20Bareng wis padha marem enggonénggawé geguyon, jubahé wungu banjurdiuculi, lan agemané Gusti Yésusdiagemaké menèh. Tumuli Panjenengané

MARKUS 15.21–27 114

digawa metu menyang sanjabané kutha,arep disalib.21Ana ing dalan para prejurit kepethukwong lanang sing banjur dipeksa dikonmanggul salibé Gusti Yésus. Wong maupinuju teka saka désa, arep mlebukutha. (Wong mau jenengé Simon, asalsaka kutha Kiréné, bapakné Alèksanderlan Rufus.)22Gusti Yésus digawa menyangpanggonan sing karan Golgota, singtegesé "Panggonan Cumplung."23Ana ing kono Gusti Yésus arep dicaosingunjuk anggur sing dicampuri ‘mur’,nanging ora kersa ngunjuk.24Wekasané wong-wong mau padhanyalib Gusti Yésus. Agemané banjurpadha diedum, srana diundhi, supayasaben wong nampani bagéan manutundhi mau.25Gusti Yésus kasalib jam sanga ésuk.26 Ing sandhuwuré salibé ditulispandakwa sing marakaké Panjenenganénganti disalib, yakuwi "Ratuné wongYahudi."27Bareng karo penyalibé Gusti Yésusmau, wong-wong mau uga padha nyalib

MARKUS 15.28–32 115

bégal loro, siji ana ing satengené GustiYésus, sijiné ana ing sakiwané.28 [Srana mengkono kang katulis ingKitab Suci kelakon temenan, yakuwi:‘Panjenengané kapétung wong ala.’]29Wong-wong sing padha liwat anaing kono padha ngisin-isin lan moyoki.Wong-wong mau padha gèdhèg-gèdhèglan padha muni: "Saiki rasakna! Kowéarep ngrubuhaké Pedalemané Allah, lanarep kokadegaké menèh sajroné telungdina.30Coba, saiki mudhuna saka salib,tulungana awakmu dhéwé!"31Para pengareping imam lan para ahliTorèt uga padha moyoki, padha muni sijikaro sijiné: "Dhèwèké nylametaké wongliya, nanging nylametaké awaké dhéwéora bisa?32Menawa dhèwèké Ratuné bangsaIsraèl temenan, Juru Slamet singdijanjèkaké déning Gusti Allah, karebènmudhun saka salib. Yèn pancènmengkono, mengko aku ndhak padhaprecaya marang dhèwèké!" Wong-wongsing padha disalib bebarengan karo GustiYésus kuwi uga padha mèlu moyoki.

MARKUS 15.33–39 11633Wiwit jam rolas awan, nganti sajronételung jam, sanegara dadi peteng.34Nalika jam telu kuwi Gusti Yésusnguwuh kanthi sora: "Éloi, éloi, lamasabakhtani?," sing tegesé: "Dhuh Allahkawula, Allah kawula, kénging menapaPaduka nilar kawula?"35Wong-wong sing padha krungupanguwuhé mau banjur kandha: "Wongkuwi ngundang Nabi Élia!"36Banjur ana salah siji sing énggal-énggal njupuk sepon, banjur dicelupakéing anggur kecut, nuli disundukaké ingpucuking kayu dawa, ditèmpèlaké inglathiné Gusti Yésus, supaya dicecep,karo muni: "Coba kita entèni, NabiÉlia mengko rawuh nulungi Wong kuwimudhun saka salib apa ora!"37Gusti Yésus banjur nguwuh menèh,tumuli séda.38Geber sing ana ing Pedalemané Allahsuwèk dadi loro, saka ndhuwur mengisor.39Perwira tentara sing ngadeg ana ingsangarepé salib kono menangi enggonéGusti Yésus nguwuh banjur séda. Perwiramau kandha: "Pancèn bener, Wong ikiPutrané Allah!"

MARKUS 15.40–44 11740 Ing kono uga ana wong wadonsawetara, sing padha nyawang lelakonmau kabèh saka kadohan, kayata:Salomé, Maryam Magdaléna, Maryamibuné Yakobus sing enom lan Yusuf.41Wong-wong wadon kuwi sing tansahngetutaké Gusti Yésus, sarta ngladosinalika Panjenengané ana ing tanahGaliléa. Kejaba kuwi ing kono ana wongwadon akèh liyané menèh sing padhateka saka kutha Yérusalèm, bebarengankaro Gusti Yésus.42Ana warganing Pradata Agama singkajèn kéringan, jenengé Yusuf, asalésaka Arimatéa, ngarep-arep kebabaréKratoné Allah. Nalika semana mbeneridina pacawisan, (yakuwi dina ngarepakédina Sabbat), mangka wayahé wis soré,mulané Yusuf mau nékad sowan ingngarsané Gubernur Pilatus, nyuwunlayoné Gusti Yésus.43 (15:42)44Bareng krungu yèn Gusti Yésus wisséda, Gubernur Pilatus gumun, banjurutusan nimbali sing jaga. Perwira maudidangu, apa wis suwé Gusti Yésusenggoné séda.

MARKUS 15.45–16.3 11845Bareng wis nampa lapurané perwiramau, Yusuf diparengaké njupuk layonéGusti Yésus.46Yusuf banjur tuku mori kafan singalus. Sawisé kuwi layoné Gusti Yésusnuli diudhunaké, banjur diulesi nganggomori mau. Layoné tumuli disarèkaké ingkuburan sing isih anyar. Kuburan kuwiguwa sing ditatah ana ing pegununganpadhas. Sawisé mengkono, lawangéguwa banjur ditutup nganggo watugedhé.47Nalika semana Maryam Magdalénalan Maryam ibuné Yusuf, ndeleng lanngerti papan sumaréné Gusti Yésus.

161Bareng dina Sabbat wis kliwat,Maryam Magdaléna, Maryam

ibuné Yakobus, lan Salomé, padha lungatuku ubarampéné adon-adonan lengakanggo mborèhi layoné Gusti Yésus.2Ésuk umun-umun, ing dina kapisanminggu kuwi, wong-wong mau padhalunga menyang pesaréan. Nalika semanasrengéngé lagi mlethèk.3Ana ing dalan wong-wong mau padharerasanan: "Mengko sapa sing arepnulungi awaké dhéwé, ngglundhungakéwatuné? Mangka watuné gedhé banget."

MARKUS 16.4–8 1194Nanging bareng wis padha tekaning pesaréan, watuné ketemu wisgumlundhung.5Wong-wong mau banjur padha mlebu.Ana ing njero pesaréan kono padhaweruh ana wong nom-noman nganggosandhangan putih lungguh ana ing sisihtengen. Wong-wong wadon kuwi padhakagèt.6Nom-noman mau banjur kandha: "Ajapadha wedi. Aku ngerti, yèn kowé padhanggolèki Gusti Yésus saka Nasarèt, singwis disalib. Panjenengané ora ana ingkéné. Awit Panjenengané wis wungu.Delengen ta, ya ana ing kéné iki lhomauné olèhé nyèlèhaké layoné.7Saiki kowé padha lungaa. Lelakoniki kandhakna karo para muridé, lanuga marang Pétrus. Kandhakna yènGusti Yésus tindak ndhisiki menyangtanah Galiléa. Ana ing tanah Galiléakana, bakal padha weruh Panjenengané,kaya sing wis dingandikakaké marangmurid-muridé."8Wong-wong wadon mau nuli padhametu saka ing pesaréan, banjur padhamlayu, awit kagèt banget campur wedi.

MARKUS 16.9–11 120

Saking wediné, wong-wong mau padhaora kandha apa-apa marang sapa waé.9 [Wong-wong wadon mau banjur padhamarani Pétrus lan kanca-kancané, padhadicritani kanthi cekak, bab apa sing wisdikandhakaké déning wong nom-nomanmau. Nanging sawisé mengkono, GustiYésus piyambak ngutus para muridé,didhawuhi padha lunga saka ing Wétanmengulon, ngabaraké kabar keslametanlanggeng, yakuwi kabar suci, singbakal ngumandhang terus tekan ingngendi-endi.] Bareng Gusti Yésus wiswungu, ing dina kapisan (dina Minggu),isih umun-umun, sing diketingali dhisikdhéwé Maryam Magdaléna (sing tauditundhung dhemité pitu déning GustiYésus).10Maryam Magdaléna banjur ngandhaniwong-wong sing mauné padha ndhèrèkGusti Yésus, sing lagi padha sedhihbanget.11Nalika padha ngrungokaké critanéMaryam, bab wunguné Gusti lan babenggoné Maryam wis diketingali dhéwédéning Panjenengané, wong-wong maupadha ora ngandel.

MARKUS 16.12–17 12112Sawisé kuwi Gusti Yésus tumulingetingal marang muridé loro nganggocara sing béda menèh, yakuwi nalikawong loro mau lagi padha mlaku arepmenyang sawijining désa.13Dadiné wong loro mau banjur padhabali, ngandhani kanca liya-liyané.Nanging wong-wong mau padha orangandel.14Wekasané, Gusti Yésus ngetingalmarang muridé sewelas, nalika lagipadha mangan. Panjenengané melèhakémurid-muridé mau, bab enggoné kurangprecaya lan wangkoting atiné, dénépadha ora gelem ngandel marangpaseksiné wong-wong sing wis padhaweruh dhéwé, yèn Gusti Yésus wiswungu.15Gusti Yésus banjur paring dhawuhmarang murid-muridé: "Padha lungaa,ndlajahi sajagad kabèh, Injilé Allahpadha wartakna marang saumat kabèh.16Wong sing precaya lan dibaptis bakalslamet. Nanging wong sing ora gelemprecaya, bakal diukum.17Wong sing precaya bakal padhadiparingi pretandha, yakuwi bakal kwasanundhungi dhemit nganggo nyebut

MARKUS 16.18–20 122

jeneng-Ku. Bakal padha clathu nganggobasa sing wong-wong mau dhéwé padhaora ngerti tegesé.18Menawa padha nyekel ula utawangombé racun, ora bakal ngalami bilai.Samangsa padha ndemèk wong lara,sing lara bakal mari."19Sawisé Gusti Yésus ngandika marangpara murid-muridé, Panjenenganékaangkat menyang swarga. Ana ing kanaPanjenengané lenggah ing satengenéGusti Allah.20Para muridé banjur padha lunga,ngabaraké Injil ana ing ngendi-endi.Gusti Allah uga makarya bebarengankaro murid-murid mau, srana dayakasektèn, mujijat-mujijat, minangkabukti yèn apa sing diwartakaké déningpara murid mau nyata.

Lukas

11Katur ing panjenenganipun BapakTéofilus ingkang kinasih. Kathah

tiyang ingkang sampun mbudidayanyerat lelampahan-lelampahan ingkangkedadosan wonten ing antawis kita.2Kados ingkang dipun cariyosakendéning tiyang-tiyang ingkang wiwit-wiwitan sami nyipati piyambaklelampahan-lelampahan wau, lajengmartosaken prekawis menika.3Mila sesampunipun kula niti priksapiyambak prekawis wau sakingwiwitanipun, prayogi menawi kulamratélakaken sedaya wau dhatengpanjenengan,4kanthi pengangkah, supadospanjenengan pirsa bilih sedaya ingkangkawucalaken dhateng panjenenganmenika nyata.5Nalika jamané Sang Prabu Hérodèsdadi ratu ing tanah Yudéa, ana imamjenengé Zakharia. Imam mau golonganéimam-imam Abia. Somahé jenengéÉlisabèt, uga ana turuné imam.

LUKAS 1.6–13 26Sekaroné padha wong mursid;seneng ngèstokaké dhawuh lan netepiangger-anggeré Allah.7 Imam Zakharia lan Élisabèt mau oraduwé anak, jalaran Élisabèt gabug.Mangka loro-loroné wis padha tuwa.8Sawijining dina, Imam Zakharianindakaké kuwajibané ngimami ingpangibadah, jalaran nalika semanagolongan imam-imam Abia olèh gilirannetepi kuwajibané ing Pedalemané Allah.9Kaya padatan, carané diundhi. ImamZakharia ketiban undhi mlebu ingPedalemané Allah ngobong dupa.10Nalika Imam Zakharia lagi nindakakéupacara mau, ing jaba ana umat akèhsing padha ndedonga.11Dumadakan ana malaékat ngrawuhiImam Zakharia. Malaékat mau jumenengana ing sisih tengené mesbèh, papanéngobong dupa.12 Imam Zakharia nalika weruhmalaékat mau kagèt lan wedi banget.13Nanging malaékat mau banjurngandika: "Aja wedi, Zakharia! GustiAllah wis miyarsakaké pandongamu.Élisabèt, somahmu, bakal mbabar anaklanang. Bocah kuwi jenengna Yohanes.

LUKAS 1.14–19 314Kowé bakal bungah banget; semonouga lairé bocah mau bakal njalari akèhwong padha mèlu seneng.15Bocah kuwi bakal dadi wong singpinunjul ana ing ngarsané Pangéran,mulané ora kena ngombé anggur lanminuman liyané sing mendemi. Wiwitsaka wetengané ibuné, bocah kuwi bakalkapenuhan ing Roh Suci.16Yèn wis gedhé bakal dadi panuntunsing njalari wong Israèl akèh sing padhamratobat marang Pangéran Allahé.17Anakmu mau bakal dadi utusanéGusti Allah sing peng-pengan lanpangwasané kaya Nabi Élia. Anakmukuwi bakal ngrukunaké bapak karo anak,lan nuntun wong mursal dadi mursid.Enggoné nindakaké mengkono kuwisupaya nyawisaké umat sing sembadatumrap ing Pangéran."18 Imam Zakharia nuli matur: "Kadospundi enggèn kawula saged mangertos,bilih pangandika Panjenengan menikaèstu badhé kelampahan, awit kawulasampun sepuh, mekaten ugi sémahkawula?"19Wangsulané malaékat: "Aku ikiGabrièl, sing ngadhep ana ngarsané

LUKAS 1.20–24 4

Gusti Allah. Aku diutus ndhawuhaképawarta sing mbungahaké iki marangkowé.20Apa sing dakkandhakaké iki mesthibakal kelakon, ing wektu sing wisditemtokaké déning Gusti Allah.Nanging sarèhné kowé ora ngandelkaro kandhaku, mulané kowé bakaldadi bisu, nganti tekan wektuné singdakkandhakaké iki mau kelakon kabèh."21Kacarita umat sing padha ana ingjaba ngentèni metuné Imam Zakharia.Wong akèh mau padha gumun, apasebabé kokimam suwé banget ana ingPedalemané Allah.22Bareng metu, Imam Zakharia orabisa caturan, mung bisa mènèhi sasmitanganggo tangané waé. Wong akèhmau banjur padha ngerti, yèn ImamZakharia mentas nampa wahyu ana ingPedalemané Allah.23Sarampungé tugas ana ingPedalemané Allah, Imam Zakhariabanjur mulih.24Ora let suwé Élisabèt, somahé nulingandhut, lan sajroné limang sasi orametu-metu saka omahé.

LUKAS 1.25–31 525Élisabèt mosik ing sajroning ati:"Pungkasané Gusti Allah mitulungi aku,lan ngilangi sing njalari isinku karowong-wong, nganti aku saiki wis oraprelu isin menèh."26Bareng Élisabèt enggoné ngandhutwis nem sasi, Gusti Allah banjur ngutusMalaékat Gabrièl menyang kuthaNasarèt, ing tanah Galiléa.27Enggoné diutus mrana mau prelunemoni prawan, sing jenengé Maryam.Prawan mau lagi pepacangan karo wongsing jeneng Yusuf, tedhak-turuné SangPrabu Dawud.28Malaékat mau nemoni Maryam lanngandika: "Begja kowé sing dikasihidéning Pangéran! Pangéran nganthimarang kowé!"29Krungu pangandikané malaékat singmengkono mau, Maryam kagèt banget,sarta tuwuh pitakonan ing sajroning ati:gèk apa tegesé salam mau.30Malaékat nuli ngandika marangMaryam: "Aja wedi Maryam, awit kowéolèh kanugrahan gedhé saka Pangéran.31Kowé bakal ngandheg sarta mbabaranak lanang; anak kuwi jenengna Yésus.

LUKAS 1.32–38 632Anakmu mau bakal dadi pinunjul,sarta disebut Putrané Kang Mahaluhur.Pangéran bakal njumenengaké SangPutra mau dadi Ratu, kaya Sang PrabuDawud, leluhuré.33Panjenengané bakal dadi Ratuninganak-turuné Yakub ing selawas-lawasé.Kratoné bakal ora ana wekasané."34Maryam banjur matur marangmalaékat mau: "Kados pundi sagedipunprekawis menika kelampahan, jalarankawula menika taksih prawan?"35Malaékat mau nuli mangsuli: "RohSuci bakal nedhaki kowé, sarta kwasanéGusti Allah bakal ngayomi kowé. MulanéPutra sing miyos kuwi suci, sarta bakaldisebut Putraning Allah.36Lan ngertia, yèn Élisabèt, sanakmusing wis tuwa lan diarani gabug, kuwisaiki wis ngandheg nem sasi.37Sebab tumrapé Gusti Allah ora anabarang sing mokal."38Maryam banjur matur: "Kawulamenika abdinipun Pangéran. Sedaya waukelampahana tumraping kawula, kadosingkang Panjenengan ngandikakakenmenika." Sawisé mengkono malaékatmau banjur nilar Maryam.

LUKAS 1.39–46 739Ora let suwé Maryam banjurlunga menyang sawijining kutha ingtanah Yudéa, sing dunungé ana ingpegunungan.40Ana ing kono Maryam njujug ingomahé Imam Zakharia. Nalika mlebu ingomah mau, Maryam celuk-celuk karoawèh salam marang Élisabèt.41Bareng krungu swarané Maryamawèh salam mau, bayi sing ana ingwetengané Élisabèt nggronjal. Mergakapenuhan déning Roh Suci,42Élisabèt banjur ngucap klawan swaraseru: "Kowé wong sing begja dhéwéana ing antarané wong wadon kabèh!Mengkono uga binerkahana bayi singkokkandhut kuwi.43Sapa ta aku iki, déné ngantikarawuhan ibuné Gustiku?44Merga nalika aku krungu swaramuawèh salam, bayi sing ana ing wetengkunggronjal krana saka bungahé.45Begja, déné kowé precaya, yèn apasing dingandikakaké déning Gusti Allahmarang kowé, kuwi bakal kelakon!"46Maryam banjur ngucap mengkéné:"Nyawaku ngluhuraké Pangéran,

LUKAS 1.47–55 847 lan atiku suka-rena merga GustiAllah, Juru Slametku.48Merga Panjenengané nggatèkakéaku, abdiné sing nistha! Wiwit saikisaben wong bakal ngarani aku wongbegja.49Awit Gusti Allah Kang Mahakwasa wisnindakaké pakaryan sing pinunjul ingngatasé aku. Mula Asmané kasucèkna!50Pangéran melasi wong sing wedi asihmarang Panjenengané, turun-tumurun.51Gusti Allah mbuyaraké wong singpadha angkuh, srana pangwasanéastané; lan rancangané wong maudigawé kocar-kacir.52Gusti Allah nglorod para pangwasasaka ing kalungguhané, lan wong singasor diluhuraké.53Gusti Allah maringi pangan wongsing padha keluwèn srana peparing singbecik, nanging wong sugih ditundhung,tanpa diparingi apa-apa.54Gusti Allah nulungi Israèl, abdiné,awit arep netepi janjiné marang leluhuré.55Yakuwi janjiné, enggoné bakalmaringaké sih-rahmaté marangAbraham lan turun-turuné kabèh, ingselawas-lawasé."

LUKAS 1.56–63 956Maryam enggoné ana ing omahéÉlisabèt nganti wetara telung sasi, nulimulih.57Bareng wis tekan mangsané, Élisabètbanjur mbabar putra kakung.58Tangga teparo lan sanak sedulurépadha krungu bab gedhéning sih-kadarmané Pangéran sing kaparingakémarang Élisabèt. Wong-wong mau padhamèlu bungah banget.59Nalika bayiné umur wolung dina,tangga teparo lan sanak seduluré maupadha teka, arep netaki bayiné. Karepéwong-wong mau bayiné arep padhadijenengi Zakharia, kaya bapakné.60Nanging ibuné muni: "Aja! Bocah ikikudu dijenengaké Yohanes!"61Wong-wong mau nuli padha muni:"Lho, ing antarané sedulur-sedulurmurak ora ana ta sing jenengé Yohanes?"62Nuli padha takon marang Zakharianganggo sasmita, bayi mau arepdijenengaké sapa.63Zakharia nuli njaluk sabak lan nulising sabak mau: Jenengé "Yohanes".Wong kabèh padha gumun banget.

LUKAS 1.64–71 1064Sanalika iku uga Zakharia bisacaturan lan ngluhuraké asmané GustiAllah.65Tangga teparoné kabèh padha wedi,lan pawarta mau kawentar ing daérahpegunungan Yudéa kabèh.66Wong kabèh sing padha krungu bablelakon kuwi nuli padha mikir lan takoning sajroning ati: "Bocah iki mbésukbakal dadi apa?" Merga cetha yènpangwasané Allah nunggil karo bocahmau.67 Imam Zakharia, bapakné si bayiYohanes mau, nuli kapenuhan ing RohSuci, sarta medhar pameca, mengkéné:68 "Ayo padha memuji marangPangéran, Allahé bangsa Israèl! GustiAllah wis rawuh nylametaké umaté, lanpadha diluwari.69Gusti Allah maringi Juru Slamet singkwasa marang kita, yakuwi turuné SangPrabu Dawud, abdiné.70Gusti Allah dhèk biyèn wis janji,lumantar nabiné kang suci,71yèn kita bakal diluwari saka tanganémungsuh-mungsuh kita lan sakapangwasané wong sing padha sengitmarang kita.

LUKAS 1.72–79 1172Supaya srana mengkonoPanjenengané ngetingalaké sih-kadarmané marang para leluhur kita,sarta netepi janjiné sing suci.73Gusti Allah wis supaos marang leluhurkita Abraham, lan wis janji arep ngluwarikita saka mungsuh kita, supaya kita bisangabekti marang Panjenengané, tanparasa wedi,74 (1:73)75 ing sajroning kasucèn lan kabeneranana ing ngarsané, selawasé urip kita.76Déné kowé, enggèr anakku, kowébakal disebut nabiné Gusti Allah singMahaluhur. Kowé diutus déning GustiAllah minangka utusan sing ndhisikitindaké, prelu nyawisaké dalan kagemPanjenengané,77 sarta nuduhaké marang umaté,yèn umat mau bakal dislametaké,srana pangapuraning dosa sing bakaldiparingaké marang umat mau.78Pangéran Allah kita kuwi loma,sarta akèh sih-piwelasé; Panjenenganébakal rawuh ngluwari kita. Padha kayasrengéngé mlethèk ing wayah ésuk,79mengkono Panjenengané bakalmadhangi marang saben wong, sing

LUKAS 1.80–2.5 12

padha urip ana ing pepetenging dosa lantansah krasa wedi. Gusti Allah nuntunkita marang dalaning katentreman."80Anaké Imam Zakharia mau sayamundhak gedhé lan jiwané saya santosa.Bocah mau manggoné ana ing ara-arasamun, nganti tekan dina madegé dadinabi ana ing Israèl.

21Nalika semana Kaisar Agustusparing dhawuh, supaya para

kawulaning Krajan Rum kabèh padhanyathetaké jenengé, lan diétung cacahé.2Cacah jiwa sing kapisan kuwiditindakaké nalika Kirénius dadigubernur ing tanah Siria.3Wong kabèh banjur padha mangkatndhaftaraké jenengé ing kutha asalédhéwé-dhéwé.4Yusuf iya nuli mangkat saka kuthaNasarèt ing tanah Galiléa, menyangkutha Bètléhèm, ing tanah Yudéa.Bètléhèm kuwi kutha kelairané SangPrabu Dawud. Mangka Yusuf kuwitedhak-turuné Sang Prabu Dawud.5Lungané Yusuf mau bebarengan karoMaryam, pacangané, sing lagi ngandheg.

LUKAS 2.6–12 136Nalika wong loro mau tekan ing kuthaBètléhèm, Maryam enggoné ngandhegwis tekan wektuné babaran.7Maryam nuli mbabar putra kakung,putra pembarep. Putra mau nulidigedhong, banjur disèlèhaké ana ingwadhah pakan kéwan, jalaran Yusuf lanMaryam padha ora olèh panggonan anaing omah penginepan.8 Ing daérah kono wengi kuwi anapangon-pangon sing lagi padha nginepana ing ara-ara, njaga wedhusé.9Dumadakan ana Malaékating Pangéranjumeneng ana ing sacedhaké, lan cahyakamulyaning Pangéran madhangiwong-wong mau, nganti padha wedibanget.10Nanging malaékat mau ngandika:"Aja wedi, sebab tekaku iki nggawakabar becik kanggo kowé, lan sing bakalmbungahaké wong kabèh.11 Ing dina iki wis miyos Juru Slametmuana ing kuthané Sang Prabu Dawud,yakuwi Sang Kristus kang jumenengGusti.12Déné tengerané mengkéné: Kowébakal weruh bayi sing digedhong,

LUKAS 2.13–19 14

sumèlèh ana ing wadhah pakaningkéwan."13Dumadakan mbarengi malaékatmau ana malaékat akèh banget, padhamemuji marang Gusti Allah, tembungé:14 "Pinujia Allah kang ana ing ngaluhur!Lan tentrem rahayu ana ing bumi tumrapwong sing dikasihi déning Gusti Allah!"15Sakonduré para malaékat maumenyang swarga, para pangon nulipadha rerasanan: "Ayo padha mangkatmenyang kutha Bètléhèm lan ndelengapa sing wis kelakon ana ing kana, kayasing dingandikakaké déning Gusti Allahmarang kita."16Para pangon mau nuli énggal-énggalpadha mangkat, lan ketemu Maryam lanYusuf, sarta Sang Bayi, sing sumèlèhana ing wadhah pakan kéwan.17Bareng weruh bayi kuwi, parapangon nuli padha nyritakaké apa singdingandikakaké déning malaékat babSang Bayi mau.18Kabèh wong sing padha krungucritané para pangon mau padha gumunbanget.19Nanging Maryam nyathet kuwimau kabèh ana ing atiné, sarta

LUKAS 2.20–24 15

dirasak-rasakaké, apa tegesé kuwi maukabèh.20Para pangon mau nuli padha bali,sarta ngluhuraké Gusti Allah sranapuji-pujian, sebab apa sing dirungu landideleng mau kabèh cocog banget karosing dingandikakaké déning malaékat.21Sawisé umur wolung dina, SangBayi nuli ditetaki, lan ditetepakéasmané: Yésus, yakuwi jeneng singdingandikakaké malaékat marangMaryam, sadurungé ngandheg Sang Bayimau.22Bareng wis tekan wektuné, Yusuf lanMaryam nuli nindakaké upacara miturutprenataning agama sing kadhawuhakédéning Nabi Musa. Sang Bayi banjurdigawa menyang Yérusalèm, arepdisaosaké marang Pangéran.23Awit ana tulisan ing Kitab Suci, singuniné mengkéné: "Kabèh anak lanangmbarep kudu kapiji kagem Gusti Allah."24Déné enggoné Yusuf lan Maryampadha lunga menyang kutha Yérusalèmkuwi uga arep nyaosaké kurban, yakuwimanuk dara sajodho, utawa piyik daraloro, miturut dhawuh prenatané Allahing Kitab Suci.

LUKAS 2.25–30 1625Nalika semana ing kutha Yérusalèmana wong jeneng Siméon, wong mursid,sing ngabekti marang Pangéran, lannganti-anti, mbésuk kapan Gusti Allahenggoné paring keslametan marangbangsa Israèl. Siméon kuwi wong singkapenuhan ing Roh Suci,26 lan kaparingan wangsit déning RohSuci, yèn ora bakal mati, sadurungéweruh Sang Mèsiah,a sing dijanjèkakédéning Pangéran.27Saka panuntuning Sang Roh Sucimau, Siméon mlebu ing PedalemanéAllah, nalika Yusuf lan Maryam nggawaSang Bayi iya mlebu ing PedalemanéAllah arep disaosaké marang Pangéran,manut prenatané agama Yahudi.28Siméon banjur nyandhak Sang Bayimau, dibopong klawan memuji marangPangéran:29 "Dhuh Pangéran, samenika Padukasampun netepi janji. Keparengasamenika abdi Paduka tilar-donyaklawan tentrem.30Awit mripat kawula sampun ningalipiyambak Juru Wilujeng peparingPaduka.

aMèsiah: Mèsias, tegesipun "Kang Jinebadan."

LUKAS 2.31–36 1731 Ingkang Paduka cawisaken kanggékawilujenganipun sedaya bangsa:32kados pepadhang ingkang madhangimarginipun bangsa-bangsa sanès,supados sami sowan dhateng Paduka.Inggih menika pepadhang, ingkangnjalari umat Paduka Israèl dipun urmatidéning para bangsa."33Yusuf lan Maryam padha gumun,krungu apa sing diucapaké déningSiméon bab Bayi mau.34Siméon nuli mberkahi Yusuf, Maryamlan Sang Bayi mau, lan kandha marangMaryam: "Bocah iki dikersakaké déningPangéran, dadi jalarané tiba lan tanginéwong akèh ing Israèl, lan dadi pratandhasaka Pangéran, sing bakal dibantahdéning wong akèh.35Srana mengkono bakal kabukakwewadi-wewadi sing sumimpen ana ingatiné wong akèh. Kowé dhéwé bakalngrasakaké sedhih, nganti atimu kayatinuwek déning pedhang sing landhep."36 Ing kono uga ana nabi wadon singwis tuwa banget, jenengé nabi mauHanna, anaké Fanuèl, saka taler Asyèr.Sawisé kawin pitung taun lawasé,

LUKAS 2.37–43 1837Hanna mau dadi randha. Umurésaiki wis wolung puluh papat taun.Hanna presasat ora tau mingsed sakaPedalemané Allah. Ana ing kono Hannamau rina wengi ngabekti marang GustiAllah, klawan ndedonga lan pasa.38Nalika Hanna mau iya teka ingPedalemané Allah, banjur memujimarang Gusti Allah, sarta nyritakaké babSang Bayi mau marang wong kabèh,sing uga padha nganti-anti mbésukkapan Gusti Allah enggoné arep ngluwarikutha Yérusalèm.39Sawisé ngrampungaké sakèhingkuwajiban manut dhawuhé Gusti Allah,Yusuf lan Maryam nuli mulih menyangkutha Nasarèt, ing tanah Galiléa.40Sang Bayi saya mundhak gedhé lanrosa, dadi Putra sing wicaksana, sartadiberkahi déning Gusti Allah.41Rama lan ibuné Gusti Yésus sabentaun padha menyang kutha Yérusalèm,prelu netepi prenatané Riaya Paskah.42Bareng Gusti Yésus wis yuswa rolastaun, Panjenengané uga diajak.43Sarampungé kraméan Paskah,Yusuf lan Maryam nuli mulih, nangingGusti Yésus isih kantun ana ing kutha

LUKAS 2.44–48 19

Yérusalèm. Wong tuwané padha orangerti,44 jalaran Gusti Yésus dikira wis kondurdhisik, bareng karo wong-wong. Sawisémlaku sedina muput, wong tuwané nulinggolèki Gusti Yésus ana ing antaranésanak-kadang lan para tepungané.45Nanging meksa padha ora bisanemokaké putrané. Mulané Yusuf lanMaryam banjur padha bali menèhmenyang ing kutha Yérusalèm, karoterus nggolèki.46Sawisé enggoné nggolèki olèhtelung dina, Sang Putra lagi ketemu,tibaké ana ing Pedalemané Allah,ana ing satengahé para alim-ulama,ngrungokaké piwulangé para alim-ulamamau lan ngajokaké pitakonan-pitakonan.47Kabèh wong sing padha krunguenggoné Gusti Yésus ngandika, padhagumun banget marang kapinteranésajroné mangsuli para alim-ulama.48Uga rama lan ibuné padha gumunbanget. Maryam kandha: "Nggèr, yagénékowé kokgawé répoté bapak lan ibumu?Olèhku padha nggolèki kowé ngantiuwas atiku."

LUKAS 2.49–3.2 2049Aturé Gusti Yésus: "Kénging menaparama lan ibu madosi kula? Menapamboten pirsa, bilih kula kedah wontening dalemipun Rama kula?"50Rama lan ibuné ora nyandhak tegeséwangsulané Gusti Yésus mau.51Sawisé kuwi Gusti Yésus ndhèrèkrama lan ibuné kondur menyang kuthaNasarèt. Panjenengané tansahmbangun-turut marang panggulawenthahé ramalan ibuné. Déné Maryam, ibuné, nyathetprekara kuwi mau kabèh ana ing atiné.52Gusti Yésus saya mundhak gedhé lanmundhak wicaksana. Semono uga sayakinasihan ing Allah lan manungsa.

31Nalika pepréntahané Kaisar Tibériuswis nyandhak limalas tauné, Pontius

Pilatus dadi gubernur ing tanah Yudéa.Déné sing dadi ratu wilayah ing tanahGaliléa kuwi Sang Prabu Hérodès. SangPrabu Filipus, sedhèrèké, dadi ratuwilayah ing tanah Ituréa lan Trakhonitis.Déné Sang Prabu Lisanias dadi ratuwilayah ana ing tanah Abiléné.2Sing dadi imam-imam agung nalikasemana Hanas lan Kayafas. Iya dhèkjaman semana kuwi Gusti Allah paringpangandika marang Nabi Yohanes,

LUKAS 3.3–7 21

putrané Imam Zakharia, ana ing ara-arasamun.3Nabi Yohanes nuli ndlajahi wilayahéKali Yardèn kabèh, karo memulang,pangandikané: "Padha mratobata sakadosa-dosamu lan padha njaluka dibaptis,supaya olèh pangapuraning dosa sakaGusti Allah."4 Iki cocog karo sing katulis ing kitabéNabi Yésaya, mengkéné: "Ana wongnguwuh-uwuh ing ara-ara samun: ‘Padhanyawisna dalané Pangéran, lencengnadalan sing arep diambah.5 Jurang-jurang kudu diurugi, langunung-gunung sarta punthuk dirata.Dalan sing ménggak-ménggok kududilencengaké, sing mendhak-mendhukulkudu dirata.6Manungsa kabèh bakal padha weruh,enggoné Gusti Allah nylametaké umaté!’"7Akèh wong sing padha teka maraniNabi Yohanes nyuwun dibaptis. NabiYohanes nuli ngandika marang wong-wong mau: "Kowé tetesané ula, wonggoroh. Sapa sing akon kowé nyingkiripaukumané Gusti Allah sing bakalkokalami?

LUKAS 3.8–13 228Buktèkna srana kalakuanmu, yènkowé wis mratobat temenan! Lanaja rumangsa: ‘Aku rak anak-turunéAbraham!’ Sebab ngandela, yèn GustiAllah kuwi kwasa nitahaké tedhak-turunéAbraham saka watu-watu iki!9Weruha, wadungé wis dicepakakékanggo negor wit ing poking oyodé.Saben wit sing ora metokaké woh becikbakal ditegor lan dibuwang ing geni."10Wong akèh mau nuli padha takonmarang Nabi Yohanes: "Menawimekaten, lajeng menapa ingkang kedahsami kula lampahi?"11Wangsulané Nabi Yohanes: "Sapasing duwé klambi loro, sing siji kududiwènèhaké marang sing ora duwéklambi. Sapa sing duwé pangan, kudumènèhi pangan marang sing ora duwé."12Pegawé-pegawé pajeg uga padhamarani Nabi Yohanes nyuwun dibaptis.Wong mau padha matur marang NabiYohanes mengkéné: "Guru, kula kedahsami nglampahi menapa?"13Wangsulané Nabi Yohanes: "Ajapadha narik pajeg ngluwihi saka sing wisditetepaké."

LUKAS 3.14–18 2314Uga para prejurit padha nyuwunpirsa: "Lha kula, Guru, kula kedahnglampahi menapa?" Wangsulané NabiYohanes: "Aja padha meres sapa waélan aja ngrampas, utawa ndakwa wongsing ora sabeneré; cukup ora cukup,uripa saka pametumu dhéwé."15Nalika semana akèh wong sing padhangarep-arep marang rawuhé SangMèsias. Mulané akèh sing padha duwépengira yèn Yohanes kuwi pancèn SangMèsias.16Merga saka kuwi Nabi Yohanesbanjur ngandika marang wong-wongmau: "Aku iki mbaptis kowé nganggobanyu, nanging mbésuk bakal ana Wongsing luwih kwasa ketimbang aku. Kuwibakal rawuh, lan senajan mung nguculitaliné trumpahé waé aku ora patut.Panjenengané sing bakal mbaptis kowénganggo Roh Suci lan geni.17Panjenengané wis samekta napènipariné sing wis ditutu. Berasé bakaldilebokaké ing lumbung, nangingmrambuté bakal diobong ing geni singora bisa sirep!"18Kaya mengkono mau enggoné NabiYohanes mulang marang wong akèh

LUKAS 3.19–24 24

nganggo patrap rupa-rupa, sajronémartakaké Injilé Allah.19Nabi Yohanes uga melèhaké SangPrabu Hérodès, ratu wilayah ing tanahGaliléa bab enggoné krama karoHérodias, garwané seduluré Sang Prabudhéwé. Mengkono uga bab piala-pialaliyané, sing dilakoni Sang Prabu.20Nanging malah saya ndadra enggonénglakoni piala, yakuwi srana nglebokakéNabi Yohanes ing pakunjaran.21Sawisé wong akèh mau padhadibaptis, Gusti Yésus nuli iya dibaptis.Sajroné Gusti Yésus isih ndedonga,langité kawiyak,22 lan Sang Roh Suci nedhakiPanjenengané, rupa manuk dara.Banjur ana swara saka ing swargasing ngandika: "Kowé kuwi Putra-Ku,sing Dakkasihi, lan sing gawé renaningati-Ku."23Nalika Gusti Yésus miwiti pakaryané,yuswané kira-kira telung puluh taun.Wong padha ngarani Panjenengané kuwianaké Yusuf, yakuwi anaké Èli,24anaké Matat, anaké Lèwi, anakéMèlkhi, anaké Yanai, anaké Yusuf,

LUKAS 3.25–37 2525anaké Matica, anaké Amos, anakéNahum, anaké Hèsli, anaké Nagai,26anaké Maat, anaké Matica, anakéSimèi, anaké Yosékh, anaké Yoda,27anaké Yohanan, anaké Résa, anakéZérubabel, anaké Séaltièl, anaké Néri,28anaké Mèlkhi, anaké Adi, anakéKosam, anaké Èlmadam, anaké Èr,29anaké Yésua, anaké Élièzer, anakéYorim, anaké Matat, anaké Lèwi,30anaké Siméon, anaké Yéhuda, anakéYusuf, anaké Yonam, anaké Èlyakim,31anaké Méléa, anaké Mina, anakéMatata, anaké Natan, anaké Dawud,32anaké Isai, anaké Obèd, anaké Boas,anaké Salmon, anaké Nahason,33anaké Aminadab, anaké Admin,anaké Arni, anaké Hèzron, anaké Pèrès,anaké Yéhuda,34anaké Yakub, anaké Iskak, anakéAbraham, anaké Térah, anaké Nahor,35anaké Sérug, anaké Réhu, anakéPèlèg, anaké Ébèr, anaké Salmon,36anaké Kénan, anaké Arpakhsad,anaké Sèm, anaké Nuh, anaké Lamèkh,37anaké Métusalah, anaké Hénokh,anaké Yarèd, anaké Mahalaléèl, anakéKénan,

LUKAS 3.38–4.6 2638anaké Énos, anaké Sèt, anaké Adam,putrané Allah.

41Nalika Gusti Yésus kondur saka KaliYardèn, Panjenengané kapenuhan

déning Sang Roh Suci. Saka panuntuningSang Roh Suci mau Gusti Yésus nulitindak menyang ara-ara samun.2Ana ing kono digodha déning Iblislawasé patang puluh dina. Sajronésemono lawasé kuwi, Panjenenganésiyam, ora dhahar apa-apa. Bareng wiskliwat wektuné siyam, Gusti Yésus kraosluwé.3 Iblis banjur matur: "SarèhningPanjenengan menika Putranipun Allah,sumangga séla menika Panjenengansabdakaken dados roti."4Gusti Yésus ngandika: "Ing Kitab Suciana tulisan mengkéné: ‘Uripé manungsakuwi ora mung saka roti waé!’"5Gusti Yésus banjur digawa déningIblis, munggah ing papan sing dhuwurbanget. Ing sajroning wektu sing suwénémung sakedhèping mripat, Iblis banjurnedahaké marang Gusti Yésus sakèhingkrajan sing ana ing jagad.6Aturé Iblis: "Sedaya pangwasa lankamulyan menika badhé kula saosaken

LUKAS 4.7–11 27

dhateng Panjenengan, awit menikasedaya sampun dados gadhahan kula,lan kula saged nyukakaken dhatengsinten kémawon sakajeng kula.7Pramila, sedaya menika badhédados kagungan Panjenengan, menawiPanjenengan kersa nyembah sujuddhateng kula."8Gusti Yésus ngandika: "Ing KitabSuci ana tulisan: ‘Pangéran Allahmukuwi sing wajib koksembah, lan mungPanjenengané piyambak sing wajibkokbektèni.’"9Sawisé kuwi Iblis banjur nggawaGusti Yésus menyang kutha Yérusalèmlan mapanaké Panjenengané ana ingwuwunging Pedalemané Allah. Iblis nulimatur: "Sarèhning Panjenengan menikaPutranipun Allah, sumangga kula aturianjlog ing siti.10Awit ing Kitab Suci wonten seratanmekaten: ‘Gusti Allah bakal ngutus paramalaékaté ngreksa marang Kowé.’11Lan malih: ‘Kowé bakal ditadhahinganggo tangané, supaya sikilmu ajakena ing watu.’"

LUKAS 4.12–18 2812Pangandikané Gusti Yésus: "Ing KitabSuci uga ana tulisan: ‘Kowé aja nyobamarang Pangéran, Allahmu.’"13Sawisé rampung enggoné nggodha,Iblis banjur mundur saka ing ngarsanéGusti Yésus, arep golèk wektu singbecik.14Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli kondurmenyang tanah Galiléa. Panjenenganédikwaosi déning Sang Roh Suci.Pawartané sumebar ing satanah kono.15Gusti Yésus memulang ana ingsinagogé-sinagogé,b lan wong kabèhpadha ngalembana Panjenengané.16Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli tindakmenyang kutha Nasarèt, kutha asaléGusti Yésus piyambak. Ing dina Sabbat,Gusti Yésus kaya adat saben, tindakmenyang sinagogé. Nalika jumenengarep maos Kitab Suci,17Panjenengané dicaosi Kitab Yésaya.Bareng dibukak, manggih ayat singuniné mengkéné:18 "Sang Roh Suci dumunung anaing Aku. Awit Pangéran wis milih Akusupaya ngabaraké. Injilé Allah marang

bsinagogé: papan pangibadahipun tiyang Yahudi.

LUKAS 4.19–23 29

wong miskin. Pangéran ngutus Akumertakaké pangluwaran marang wongsing dikunjara, lan mulihaké pandelengépara wong wuta; sarta ngluwari wongsing ditindhes,19 tuwin ngundhangaké bakal tekanéjaman keslametan peparingé Pangéranmarang umaté."20Sawisé Kitab mau ditutup landibalèkaké marang wong sing maungaturaké, Gusti Yésus nuli lenggah.Wong kabèh sing ana ing sinagogé padhamandeng Panjenengané.21Gusti Yésus nuli ngandika mengkéné:"Ing dina iki, iya nalika kowé padhangrungokaké enggon-Ku maca ayat-ayating Kitab Suci mau, isining tulisankuwi mau wis kelakon."22Wong-wong padha ngrungokakétemenan pangandikané Gusti Yésus,sarta padha kaéraman tumrap éndahingpiwulangé. Wong-wong mau nuli padhamuni: "Apa kuwi dudu anaké Yusuf?"23Gusti Yésus ngandika marangwong-wong mau: "Kowé mesthi bakalngetrapaké paribasan iki marangAku: ‘Dhokter, warasna awakmudhéwé. Prekara-prekara sing dakrungu

LUKAS 4.24–29 30

koktindakaké ana ing kutha Kapèrnaum,kuwi saiki tindakna ana ing kéné, ingnegara asalmu dhéwé.’"24Gusti Yésus banjur ngandika menèh:"Ngandela, ora ana nabi siji waé singkajèn ana ing tanah asalé dhéwé.25Nanging kowé rak padha ngerti, dhèkjamané Nabi Élia, nalika ora ana udantelu setengah taun lawasé, nganti anapailan gedhé ing sanegara kabèh, ingkono ana randha akèh ing tanah Israèl.26Éwasemono Gusti Allah ora ngutusNabi Élia lunga niliki randha mau salahsiji. Nanging Nabi Élia malah diutusmarani randha ing kutha Sarfat, ingtanah Sidon.27Mengkono uga dhèk jamané NabiÉlisa. Nalika semana akèh wong singpadha lara kusta ana ing tanah Israèl,éwasemono ora ana siji waé singdiwarasaké, kejaba Naaman thok, wongSiria."28Bareng krungu pangandikané GustiYésus sing mengkono kuwi, wongsasinagogé padha nepsu kabèh.29Wong-wong mau nuli padha ngadeglan nyèrèd Gusti Yésus menyangsanjabané kutha, digawa menyang

LUKAS 4.30–35 31

puncaking gunung, sing didegi kuthalan saka ing kono Panjenengané arepdicemplungaké ing jurang.30Nanging Gusti Yésus tindak nratas ingtengahé wong-wong mau, nuli jengkarsaka ing kono.31Gusti Yésus nuli tindak menyangkutha Kapèrnaum, ing tanah Galiléa.Nalika mbeneri dina Sabbat,Panjenengané memulang ana ingsinagogé.32Wong-wong padha gumun bab caranémemulang mau, awit tembung-tembungsing diucapaké kuwi gedhé bangetkawibawané.33 Ing sinagogé mau ana wongsing kepanjingan dhemit. Wong maubengok-bengok:34 "Gusti Yésus saking Nasarèt, kawulabadhé Panjenengan menapakaken?Menapa Panjenengan badhé ngrisakkawula? Kawula mangertos sintenPanjenengan menika: Panjenenganmenika tiyang suci! Utusanipun GustiAllah!"35Dhemit mau tumuli disentak déningGusti Yésus: "Meneng. Metua saka wongkuwi!" Dhemit nuli mbanting wong sing

LUKAS 4.36–41 32

diangslupi mau ing ngarepé wong akèh,banjur metu tanpa gawé larané wongmau.36Wong kabèh padha éram, sartapadha rerasanan: "Wah, hébat bangetpiwulangé. Srana kawibawané lanpangwasané, wong kuwi nundhungidhemit lan dhemit-dhemit mau iyabanjur padha metu temenan."37Kabar bab Gusti Yésus mau nulisumebar ing satanah kono kabèh.38Gusti Yésus tindak saka ing sinagogémau menyang omahé Simon. Ibunémaratuwa Simon lagi lara panas lan anawong sing padha ngaturi pirsa bab kuwimarang Gusti Yésus.39Panjenengané nuli nyelaki peturonésing lara mau, banjur ngusir lelarané.Wong mau dadi waras, nuli tangi sanalikalan ngladèni para tamuné.40Bareng wis surup, wong kabèh singpadha duwé sanak sedulur lara, padhanyowanaké sing lara mau ing ngarsanéGusti Yésus. Wong-wong lara maugenti-genti padha ditumpangi astané,temah padha mari.41Akèh wong kepanjingan singdhemité ditundhungi, banjur metu

LUKAS 4.42–5.1 33

karo jerit-jerit: "Kula sumerep, bilihPanjenengan menika Putranipun Allah!"Dhemit-dhemit mau didukani déningGusti Yésus, ora diparengaké muni singkaya mengkono, sebab dhemit-dhemitkuwi padha ngerti, yèn Gusti Yésus kuwiSang Kristus.42Bareng srengéngé wis mlethèk,Gusti Yésus nuli tindak saka ing kuthakono menyang panggonan sing sepi.Wong-wong banjur padha nggolèki.Bareng wis ketemu nuli padha nyuwunsupaya Panjenengané aja jengkar sakaing kono.43Nanging Gusti Yésus ngandikamarang wong-wong mau: "Kabarkabungahan bab Kratoné Allah kuwikudu Dakwartakaké uga ing kutha-kuthaliyané, awit iya kuwi preluné enggon-Kudiutus."44Panjenengané iya banjur memulangana ing sinagogé-sinagogé ing tanahYudéa.

51 Ing sawijining dina nalika GustiYésus lagi jumeneng ana ing gisiké

Tlaga Génésarèt, wong-wong padhasuk-sukan merga kepéngin ngrungokaképangandikané Gusti Allah.

LUKAS 5.2–7 342Gusti Yésus mirsa ing gisik kono anaprau nelayan loro. Nelayané wis padhamudhun saka ing prau mau, lan lagipadha ngresiki jalané.3Gusti Yésus nuli minggah ing praunéSimon. Panjenengané nuli ndhawuhiSimon nyurung prauné saka dharatan,banjur lenggah lan mulang wong akèhmau saka ing prau kono.4Sawusé rampung enggoné memulang,Gusti Yésus nuli ngandika marangSimon: "Praumu gawanen menyangpanggonan sing jero lan jalamu tibaknaing kono, supaya olèh iwak."5Aturé Simon: "Guru, sampun sedalumuput enggèn kula sami nyambut-damelngetog tenaga, nanging sami mbotenangsal menapa-menapa! Nangingsarèhné Panjenengan ingkang dhawuh,kula inggih sami badhé ngèstokakenndhawahaken jala malih."6Bareng jalané ditibakaké temenan,olèh iwak akèh banget, jalané ngantimèh bedhah.7Mulané banjur padha njaluk tulungkanca-kancané sing ana ing prauliyané. Kanca-kancané mau banjurénggal-énggal padha teka. Prau loro

LUKAS 5.8–12 35

mau nuli diisèni iwak nganti kebak,nganti mèh kèrem.8Bareng Simon weruh lelakonsing mengkono kuwi, banjur sujudsumungkem ing ngarsané Gusti Yésuskaro matur: "Mugi kersa nebih sakingkawula, Gusti, jalaran kawula tiyangdosa!"9Simon lan wong-wong kabèh singana ing kono padha sumlengeren weruholèh-olèhané iwak sing semono akèhé.10Semono uga kanca-kancané Simon,yakuwi Yakobus lan Yohanes, anak-anakéZébedéus. Gusti Yésus ngandika marangSimon: "Aja wedi! Wiwit saiki kowé bakalDakdadèkaké tukang njala wong."11Sawisé prauné padha dipinggiraké,Simon sakancané nuli padha ninggalsamubarang kabèh, sarta ndhèrèk GustiYésus.12Kacarita, nalika Gusti Yésus anaing sawijining kutha, ana wong lanangsing awaké sekojur kebak lelara kusta.Nalika weruh Gusti Yésus, wong maunuli sujud sumungkem ing ngarsanékaro matur: "Gusti, menawi kersa, Gustisaged nyarasaken kula!"

LUKAS 5.13–17 3613Gusti Yésus ngulungaké astané,ndemèk wong mau karo ngandika: "Akukersa. Dadia waras!" Sanalika iku ugalelarané kusta mari.14Gusti Yésus ora marengaké wongmau nyritakaké lelakon kuwi marangwong liya. Nuli ndhawuhi wong mausupaya terus mriksakaké awaké maumarang imam. Pangandikané: "Awakmupriksakna marang imam, banjur saosakurban kaya sing didhawuhaké déningNabi Musa, kanggo mbuktèkaké marangwong kabèh, yèn kowé wis maritemenan."15Éwasemono kabar bab Gusti Yésuskuwi saya sumebar tekan endi-endi lanakèh wong sing banjur padha teka arepngrungokaké piwulangé lan nyuwundiwarasaké lelarané.16Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli tindakmenyang panggonan sing sepi, arepndedonga.17Sawijining dina, nalika Gusti Yésuslagi memulang, ana wong Farisi lanpara ahli Torèt sawetara sing padhamèlu lungguh ing kono. Wong-wongmau tekané saka kutha-kutha ing tanahGaliléa, Yudéa lan Yérusalèm. Gusti

LUKAS 5.18–21 37

Yésus kaparingan kwasané Pangérankanggo marasaké wong-wong singpadha lara.18Nalika semana ana wong sawetarapadha teka nggotong wong lumpuhing peturoné, kasowanaké marangGusti Yésus. Wong-wong mau padhambudidaya bisané sing lumpuh kuwimlebu ing omah panggonané GustiYésus memulang, sarta nyèlèhaké anaing ngarsané.19Nanging saka akèhé wong sing anaing kono, sing lumpuh mau ora bisadigawa mlebu. Mulané banjur digotongmunggah ing payoning omah. Payonmau nuli dibukak, lan sing lumpuh maudiudhunaké sapeturoné ing satengahéwong akèh sing ana ing kono, persis anaing ngarsané Gusti Yésus.20Pirsa gedhéning pengandelé wonglumpuh sarta wong-wong sing padhanggotong, Gusti Yésus banjur ngandikamarang wong sing lumpuh mau: "Sanak,dosamu wis diapura."21Para ahli Torèt lan Farisi nulipadha rerasanan: "Iki wong apa, dénéwani nyenyamah marang Gusti Allah.Rak ora ana wong siji waé sing bisa

LUKAS 5.22–27 38

ngapura dosa, kejaba mung Gusti Allahpiyambak?"22Gusti Yésus pirsa isining atiné wong-wong mau, mulané banjur ngandika:"Yagéné kowé kokpadha duwé pikiranmengkono?23Gampang endi muni: ‘Dosamu wisdiapura’, karo muni: ‘Tangia lan mlakua!’24Aku mung arep nuduhaké marangkowé, yèn Putraning Manungsa kuwikwasa ngapura dosa ana ing bumi."Gusti Yésus nuli ndhawuhi wong singlumpuh mau: "Aku dhawuh marangkowé: Tangia, angkaten peturonmu, lanmuliha!"25Sanalika kuwi uga wong lumpuh mautangi lan ngadeg ing ngarepé wong akèhmau, banjur ngangkat peturoné, lanmulih karo memuji ngluhuraké asmanéGusti Allah.26Wong akèh mau padha éram campurwedi, nuli padha ngluhuraké asmanéGusti Allah: "Ngédab-édabi temenlelakon iki."27Sawisé kuwi Gusti Yésus banjurmiyos lan pirsa pegawé pajeg, singjenengé Lèwi, lagi lungguh ing kantoré.

LUKAS 5.28–33 39

Gusti Yésus ngandika marang wongmau: "Mèlua Aku."28Lèwi banjur ngadeg sanalika lanninggal samubarang kabèh, ndhèrèkGusti Yésus.29Lèwi nuli nganakaké pésta ing omahékagem Gusti Yésus. Akèh pegawépajeg lan wong-wong liyané sing padhabebarengan mangan ana ing pésta mau.30Wong Farisi lan para ahli Torètsawetara sing padha weruh kahanansing kaya mengkono kuwi, atiné padhaora seneng. Nuli padha kandha karomurid-muridé Gusti Yésus: "Yagénékowé padha mangan lan ngombé aworpegawé pajeg lan wong-wong ala?"31Gusti Yésus ngandika: "Wong singwaras ora mbutuhaké dhokter; singmbutuhaké dhokter kuwi mung wongsing lara.32Teka-Ku ora prelu nimbali wongsing sampurna, nanging wong singngrumangsani dosané."33Ana wong sing padha nyuwun pirsamarang Gusti Yésus: "Para muridipunNabi Yohanes asring sami siyam lanndedonga, mekaten ugi para muridipuntiyang Farisi. Kénging menapa para

LUKAS 5.34–38 40

murid Panjenengan kokmboten saminindakaken mekaten?"34Pangandikané Gusti Yésus: "Apa anapara tamu ing panggonané wong mantudikon pasa, mangka pengantèné lanangisih ana ing tengahé para tamu mau?Rak mesthi ora!35Nanging samangsa pengantèn lanangkuwi dibedhol saka ing tengah-tengahépara tamu mau, banjur lagi padha pasa."36Gusti Yésus uga banjur mulangngagem pasemon, mengkéné: "Oraana wong sing nggunting sandhangananyar kanggo nambal klambi sing wislawas. Yèn ta mengkono, wong maubakal mung ngrusak sandhangan singanyar mau, mangka suwèkan sing sakasandhangan sing anyar mau iya oracocog karo klambi lawas, sing arepditambal mau.37Semono uga ora ana wong singmadhahi anggur anyar ana ing impessing wis lawas. Awit yèn mengkonoanggur anyar mau bakal mbedhahakéimpes sing lawas mau. Angguré bakalwutah, tur impesé iya rusak.38Anggur sing anyar pancèn kududisimpen ana ing impes sing uga anyar.

LUKAS 5.39–6.4 4139Semono uga ora ana wong sing gelemngombé anggur anyar, sawisé ngombéanggur sing lawas. Ujaré, anggur singlawas kuwi luwih énak."

61Nalika pinuju dina Sabbat, GustiYésus tindak ngliwati pategalan. Para

sekabat padha nyethuti wulèn gandum.Wulèn mau dipususc nganggo tangané,isiné nuli dipangan.2Mulané ana wong Farisi sawetarasing padha ngaruh-aruhi: "Yagéné kowékokpadha nindakaké prekara sing manutprenataning agama ora kena ditindakakéing dina Sabbat?"3Gusti Yésus ngandika: "Apa kowépadha ora tau maca sing ditindakakédéning Sénapati Dawud lan wong singpadha ndhèrèkaké, nalika lagi padhakeluwèn?4Sénapati Dawud mlebu ingPedalemané Allah, mundhut rotisaosan, sing kagem Gusti Allah, nulididhahar. Sawisé kuwi roti mau ugadiparingaké marang para wong singpadha ndhèrèkaké. Mangka manutprenataning agama kita, rak mung para

cdipusus: dipun remet.

LUKAS 6.5–9 42

imam waé sing olèh mangan roti saosanmau? Wong liya rak ora kena?"5Gusti Yésus banjur ngandika: "PutranéManungsa kuwi sing kagungan dinaSabbat."6Pinuju ing dina Sabbat liyané GustiYésus memulang ana ing sinagogé. Ingkono ana wong sing tangané tengencéko.7Para ahli Torèt lan wong Farisipadha ngulataké apa Gusti Yésus bakalmarasaké wong lara mau ing dinaSabbat, apa ora. Sebab wong-wong maupadha nggolèki kaluputané, arep dianggodhadhakan nggugat Panjenengané.8Nanging Gusti Yésus pirsa karepéwong-wong mau, mulané ngandikamarang wong sing tangané céko mau:"Mrénéa, ngadega ana ing ngarep kéné!"Wong mau nuli menyat lan ngadeg anaing ngarsané.9Gusti Yésus nuli ngandika marang paraahli Torèt lan wong Farisi mau: "Aku areptakon: Apa sing didhawuhaké déningprenatané agama marang kita ana ingdina Sabbat? Gawé becik, apa gawé ala?Mitulungi apa ngrusak nyawa?"

LUKAS 6.10–16 4310Sawisé mirsani marang wong-wongmau, Gusti Yésus banjur ngandikamarang wong sing céko: "Tanganmuathungna!" Sing didhawuhi iya nulinindakaké mengkono. Tangané banjurwaras, pulih kaya liyané.11Para imam lan wong Farisi padhanepsu banget, nuli padha rembugan babapa sing bakal ditindakaké marang GustiYésus.12Nalika semana Gusti Yésus minggahing gunung prelu ndedonga. Enggonéndedonga nganti sawengi natas.13Bareng wis raina Gusti Yésusnimbali para muridé supaya marek.Panjenengané nuli milih wong rolas, singpadha disebut rasul.14Yakuwi: Simon (sing diparabi déningGusti Yésus ‘Pétrus’) lan Andréas,seduluré. Yakobus lan Yohanes, Filipuslan Bartoloméus,15Matius lan Tomas, Yakobus anakéAlféus, lan Simon (sing karan wongkendel),16Yudas anaké Yakobus lan YudasIskariot, sing ing tembé ngulungakéGusti Yésus.

LUKAS 6.17–21 4417Gusti Yésus nuli tedhak saka inggunung kadhèrèkaké déning rasul rolas.Panjenengané kèndel jumeneng ana ingpanggonan kang rata. Akèh wong singpadha nglumpuk ana ing kono, kejabapara murid, iya wong-wong liyané, singpadha teka saka ing satanah Yudéa,kutha Yérusalèm lan kutha-kutha Tiruslan Sidon, lan tanah sauruté pesisir.18Enggoné padha mrono kuwi mergakepéngin ngrungokaké piwulangé GustiYésus, lan supaya padha kawarasakélelarané. Uga wong sing padhakesurupan dhemit padha ditundhungdhemité.19Wong kabèh mau padha ngudi supayabisa ndemèk Gusti Yésus, awit ana dayasing metu saka sarirané, sing marasakéwong-wong mau.20Gusti Yésus mirsani para muridésarta ngandika: "Begja kowé wong singpadha mlarat; kowé kuwi umat singduwé wewenang ana ing Kratoning Allah!21Begja kowé sing saiki padha keluwèn;kowé bakal padha diwaregi! Begja kowésing saiki padha nangis; kowé bakalpadha gumuyu.

LUKAS 6.22–27 4522Begja kowé menawa merga sakaPutraning Manungsa, padha disengiti ingwong, disingkang-singkang, dicecamah,sarta diala-ala!23Yèn pinuju ngalami mengkonokowé padha bungah-bungaha langiyak-giyaka, awit kowé bakal olèhganjaran gedhé ana ing swarga. Paranabi dhèk jaman biyèn rak iya padhadigawé mengkono déning para leluhuréwong-wong mau.24Nanging cilaka kowé, wong sing saikipadha sugih; awit saiki kowé wis padhangrasakaké kanikmataning donya.25Cilaka kowé sing saiki padha wareg;awit kowé bakal keluwèn! Cilaka kowésing saiki padha gumuyu; awit kowébakal padha sedhih lan nangis!26Cilaka kowé menawa wong kabèhpadha ngalem marang kowé; awit iyakaya mengkono kuwi penggawéné paraleluhuré wong-wong mau marang paranabi palsu."27 "Nanging kowé sing padhangrungokaké piwulang-Ku ikiDakkandhani: Padha tresnaa marangmungsuhmu; gawéa becik marang wongsing padha sengit marang kowé.

LUKAS 6.28–34 4628Wong sing nyupatani kowé, padhasuwunna berkah. Wong sing sewenang-wenang marang kowé, padha dongaknaslamet.29Wong sing napuk pipimu sing siji,ulungna pipimu sing sijiné. Wong singngrebut jasmu, wènèhana keméjamupisan.30Wong sing njaluk apa-apa marangkowé, wènèhana. Lan yèn ana wongsing ngrebut barangmu, barang mau ajakokjaluk bali.31Apa sing kokkarepaké supayaditindakaké déning wong liya marangkowé, kuwi tindakna marang wong liya.32Yèn kowé mung nresnani wong singpadha tresna marang kowé, yagénékowé kokngarep-arep opah? Wong dosarak iya padha males tresna marang wongsing nresnani dhèwèké?33Lan menèh menawa kowé padhagawé becik marang wong sing mbecikikowé, généya kowé ngarep-arepganjaran? Wong dosa rak iya padhatumindak mengkono?34Mengkono menèh yèn kowé mungngutangi marang wong, sing bisanyaur, généa kowé kepéngin olèh

LUKAS 6.35–38 47

pituwas? Wong dosa kuwi rak iya padhamotangaké marang wong dosa, supayanampa bali apa sing diutangaké mau!35Nanging kowé aja mengkono, padhanresnanana satrumu. Satrumu padhabecikana lan padha utangana, tanpamikir utang mau bakal disaur apa ora.Yèn mengkono gedhé ganjaranmu, lankowé bakal padha dadi putrané Allahsing Mahaluhur. Awit Gusti Allah kuwinindakaké kabecikan marang wong singpadha ora ngerti dibeciki lan marangwong-wong ala.36Mulané kowé padha duwéa atiwelasan kaya déné Ramamu sing sipatMahawelas."37 "Aja padha netepaké alaning wong,supaya Gusti Allah iya ora netepakéalamu. Aja padha ngadili wong liya,temah kowé dhéwé iya ora diadili déningGusti Allah. Padha ngapuraa, temahkowé dhéwé iya bakal diapura.38Padha wèwèha, temah kowé iyabakal diparingi déning Gusti Allah. Kowébakal nampani peparing sing lubèr,sing ditaker nganggo ditetel-tetel. Awittakeran sing kokenggo nakeraké wong

LUKAS 6.39–44 48

liya, kuwi takeran sing diagem déningGusti Allah kanggo nakeraké kowé."39Sawisé mengkono, Gusti Yésusbanjur paring pasemon mengkéné:"Wong picak apa bisa nuntun wongpicak? Apa loro-loroné ora padhakacemplung ing kalèn?40Ora ana murid sing ngungkuli guruné.Nanging murid sing wis tamat pasinaoné,kuwi bakal padha karo guruné.41Yagéné kowé weruh tatal sing anaing mripaté sedulurmu, mangka baloksing ana ing mripatmu dhéwé kowé oraweruh?42Kepriyé bisamu kandha marangsedulurmu: ‘Sedulur! Tatal sing ana ingmripatmu kuwi dakilangané’, mangkabalok sing ana ing mripatmu dhéwékowé ora weruh? Kowé dhasar wonglamis. Balok sing ana ing mripatmu kuwiilangana dhisik, temah kowé bakal bisandeleng klawan cetha lan bisa ngilangitatal sing ana ing mripaté sedulurmu."43 "Awit ora ana wit becik sing metokakéwoh sing ala. Mengkono uga ora ana witala sing metokaké woh sing becik.44Sebab saben wit kuwi ketitik sakawohé. Ora ana woh ara dipethik saka

LUKAS 6.45–49 49

rerungkudan, lan ora ana woh anggurdipethik saka thethukulan eri.45Wong becik kuwi metokaké sakasimpenané atiné sing becik, déné wongala metokaké saka simpenané atiné singala. Awit apa sing diucapaké wong kuwiasalé saka bludaging atiné."46 "Yagéné kowé nyebut Aku: ‘Gusti,Gusti!’ mangka kowé ora padha nglakonipiwulang-Ku?47Saben wong sing marani Aku lanngrungokaké sarta nindakaké pitutur-Ku,kuwi arep Dakupamakaké apa? KowéDakkandhani:48Kuwi padhané kaya wong singngedegaké omah. Wong mau ngedhukkalènan jero, lan pondhasiné omahdipasang ana ing lemah padhas. Barengana banjir lan banyuné lubèr nrajangomah mau, omah kuwi ora bisa rubuh,merga ngadeg ing padhasan.49Nanging wong sing ngrungokaképiwulang-Ku, mangka ora dilakoni, kuwipadhané wong sing ngedegaké omahtanpa dhasar. Bareng ana banjir nrejangomah mau, omahé rubuh, lan rusakbanget."

LUKAS 7.1–6 50

71Bareng wis rampung enggonéngandika marang wong akèh,

Gusti Yésus banjur mlebet ing kuthaKapèrnaum.2 Ing kono ana perwira tentara Rumduwé abdi, sing ditresnani banget. Abdimau lara banget, wis mèh mati.3Bareng krungu bab Gusti Yésus,perwira mau nuli akon marangpengareping wong Yahudi sawetara,ngaturi Gusti Yésus, supaya kersa rawuhmarasaké abdiné sing lara mau ana ingomahé.4Wong-wong sing padha didhawuhi,sawisé ketemu Gusti Yésus, banjurnyuwun kanthi adreng, supaya kersarawuh lan paring pitulungan marangperwira mau. Aturé: "Perwira menikapantes Panjenengan paringi pitulungan,5awit tiyang menika tresna dhatengbangsa kita, malah sampun ngedegakensinagogé kanggé kula sedaya."6Gusti Yésus nuli tedhak bebarengankaro wong-wong mau menyang omahéperwira Rum kuwi. Nalika tindakéwis cedhak karo omahé, wong mauakon kanca-kancané methukaké GustiYésus karo matur: "Guru, mboten prelu

LUKAS 7.7–9 51

répot-répot tindak dhateng griya kawula.Kawula mboten pantes Panjenenganrawuhi.7Kawula piyambak inggih rumaosmboten pantes sowan dhateng ngarsaPanjenengan. Pramila prayogi menawiPanjenengan kersa ngandika sakecapkémawon, mangké réncang kawulatemtu lajeng saras.8Awit kawula piyambak inggih kedahtundhuk dhateng pengageng kawula.Lan sangandhap kawula inggih wontenprejurit-prejurit ingkang kedah tundhukdhateng préntah kawula. Menawi kawulaakèn dhateng ingkang setunggal:‘Lungaa’, piyambakipun inggih késah.Menawi kawula akèn dhateng sanèsipun:‘Mrénéa’, piyambakipun inggih dhateng;utawi menawi kawula akèn dhatengréncang kawula: ‘Iki lakonana’,piyambakipun inggih nglampahi."9Bareng mireng aturé perwiramau, Gusti Yésus gumun banget.Panjenengané nuli mirsani wong akèhsing padha ndhèrèkaké sarta ngandika:"Aku durung tau tumon pengandel singsemono gedhéné, senajan ing antaranéwong Israèl pisan."

LUKAS 7.10–15 5210Nalika wong-wong sing padha diutusdéning perwira Rum mau bali tekanomahé menèh, abdi sing lara mauketemu wis waras.11Ora let suwé Gusti Yésus tindakmenyang kutha Nain. Para sekabatépadha ndhèrèkaké, lan wong akèh iyapadha gumrudug ngetutaké.12Bareng tindaké Gusti Yésus wismèh tekan sekèthèngé kutha, analayon lagi dipikul metu saka sekèthèngmau. Sing mati kuwi nom-noman, anakontang-anting. Embokné wis randha.Akèh wong sakutha kono sing padhamèlu ngiringaké layoné bebarengan karorandha sing kepatèn mau.13Gusti Yésus trenyuh penggalihé,merga saka welasé, nuli ngandika: "Ajanangis, bu!"14Gusti Yésus nyelaki bandhosanélan didemèk. Wong-wong sing padhangusung bandhosa mau nuli mandheg.Gusti Yésus banjur ngandika: "Nggèr,Aku dhawuh marang kowé: ‘Tangia!’"15Nom-noman sing wis mati maunuli njenggèlèk, lungguh, sartacaturan. Gusti Yésus banjur masrahakénom-noman mau marang embokné.

LUKAS 7.16–21 5316Wong kabèh padha wedi, lan banjurngluhuraké Gusti Allah, tembungé: "Ananabi gedhé jumeneng ing antara kita!Gusti Allah wis rawuh arep nylametakéumaté!"17Kabar bab Gusti Yésus kuwisumebar sanegara Yahudi kabèh lan ingsakiwa-tengené.18Nalika Yohanes Pembaptis mirengkabar bab Gusti Yésus mau saka parasekabaté, nuli nimbali sekabaté loro,19diutus sowan Gusti Yésus, didhawuhimatur: "Menapa Panjenengan menikaSang Kristus ingkang sampun kawecabadhé rawuh, menapa kawula kedahngentosi tiyang sanèsipun?"20Sekabat loro mau nuli padha sowanmarang Gusti Yésus, sarta matur:"Nabi Yohanes Pembaptis ngutuskawula kekalih nyuwun pirsa dhatengPanjenengan, menapa Panjenenganmenika Sang Kristus, ingkang sampunkaweca badhé rawuh, menapa kawulasami kedah ngentosi tiyang sanèsipun?"21Nalika semana Gusti Yésus lagimarasaké wong akèh sing padha lara;dhemit-dhemit ditundhungi, lan wongwuta diwarasaké nganti bisa ndeleng.

LUKAS 7.22–26 5422Gusti Yésus nuli ngandika mengkéné:"Balia, Nabi Yohanes aturana pirsa apasing kokdeleng lan kokrungu, maturayèn wong wuta padha bisa ndeleng,wong lumpuh bisa mlaku, wong larakusta padha waras, wong budheg bisangrungu, wong mati ditangèkaké, lanInjil diwartakaké marang wong miskin.23Begja wong sing atiné ora mangu-mangu karo Aku!"24Sawisé para utusané Nabi YohanesPembaptis mau padha mulih, Gusti Yésusnuli ngandikakaké bab Nabi Yohanesmarang wong akèh mengkéné: "Yènkowé padha marani Nabi Yohanes anaing ara-ara samun, sejatiné apa singkokdeleng ana ing kana? Apa glagahsing kanginan?25Apa sing arep koksawang? Apa wongsing nganggo sandhangan mentèrèng?Wong-wong sing sandhanganémentèrèng, lan wong sing uripé méwahkuwi manggoné ana ing kraton!26Coba kandhaa, kowé padha lungamenyang ara-ara samun mau arep apa?Apa arep ndeleng nabi? Ya bener. Malahngungkuli nabi.

LUKAS 7.27–31 5527Awit Nabi Yohanes kuwi utusan, singtekané wis kaweca ana ing Kitab Suci,mengkéné: ‘Pangandikané Gusti Allah:Iki utusan-Ku, sing Dakutus ndhisikilaku-Mu supaya nyawisaké dalan singbakal Kokambah.’"28Sabanjuré Gusti Yésus ngandika:"Tembung-Ku iki gatèkna: Yèn sakaantarané wong kabèh sing urip anaing donya iki, ora ana wong siji waésing luwih unggul ketimbang karo NabiYohanes Pembaptis. Éwasemono singcilik dhéwé drajaté ana ing Kratoné GustiAllah, kuwi luwih luhur ketimbang karoNabi Yohanes."29Wong akèh, klebu uga para pegawépajeg, padha krungu pangandikané GustiYésus mau. Wong-wong kuwi wis padhamratobat, sarta padha njaluk dibaptisdéning Nabi Yohanes.30Nanging wong-wong Farisi lan paraahli Torèt padha nampik kersané GustiAllah tumrap dhèwèké. Mulané padhaora gelem dibaptis déning Nabi Yohanes.31Gusti Yésus nuli ngandika menèh:"Wong-wong golongan iki arepDakupamakaké lan kena dipadhakakékaro sapa?

LUKAS 7.32–37 5632Wong-wong kuwi kaya bocah-bocahsing padha dolanan ana ing pasar;sing sakrompol kandha karo liyané:‘Aku nglagokaké lagu pengantèn, kowékokora padha njogèd! Wis dakkidungakélagu pelayatan, kokpadha ora nangis!’33Nabi Yohanes Pembaptis rawuh —panjenengané siyam lan ora ngunjukanggur — kokunèkaké: ‘Kuwi wongkepanjingan dhemit!’34Putrané Manungsa rawuh —Panjenengané dhahar lan ngunjuk —kokunèkaké: ‘Delengen, wong nggragas,wong sing seneng ndem-ndeman,kancané pegawé pajeg lan wong ala!’35Senajan mengkono, sing bener kuwikawicaksanané Gusti Allah, lan diakonidéning wong-wong sing padha nampanikawicaksanané mau."36Ana wong Farisi, jenengé Simon,ngaturi dhahar Gusti Yésus ana ingomahé. Gusti Yésus nuli rawuh ing omahmau lan lenggah dhahar.37 Ing kutha kono ana wong wadon tunasusila. Bareng krungu yèn Gusti Yésuslagi dhahar ana ing omahé wong Farisi,wong wadon mau teka mrono nggawabotol isi lenga wangi.

LUKAS 7.38–42 5738Wong wadon mau ngadeg ana ingmburiné Gusti Yésus cedhak sampéyanékaro nangis, luhé dlèwèran, tumètèsnelesi sampéyané mau, kang nulidiusapi nganggo rambuté, diambungi landilengani nganggo lenga wanginé.39Simon, wong Farisi, sing ngaturidhahar Gusti Yésus weruh apa singditindakaké déning wong wadon kuwi.Wong Farisi mau mosik ing atiné: "YènYésus kuwi nabi temenan, mesthi iyapirsa, yèn wong wadon sing ndemèksampéyané kuwi wong tuna susila."40Mulané Gusti Yésus nuli ngandikamarang Simon: "Simon, Aku arep omongsethithik karo kowé." WangsulanéSimon: "Mangga Guru, kawula aturingandikakaken."41Gusti Yésus nuli ngandika: "Ana wongloro sing padha duwé utang marangtukang motangaké. Sing siji utangélimang atus dinar, sijiné sèket dinar.42Wong loro mau padha-padha orabisa nyaur utangé. Mulané wong singmotangaké nuli nglilakaké utangé wongloro mau. Saiki Aku takon: ‘Ing antaranéwong loro mau, endi sing luwih gedhé

LUKAS 7.43–47 58

tresnané marang wong sing motangakémau?’"43 "Kawula kinten inggih tiyangingkang sambutanipun langkung kathahwau!," mengkono wangsulané Simon.Pangandikané Gusti Yésus: "Bener!"44Gusti Yésus nuli mirsani wong wadonmau, banjur ngandika menèh marangSimon: "Kowé rak weruh wong wadoniki? Nalika Aku mlebu omahmu, kowéora nyawisi banyu kanggo wisuh sikil.Nanging wong wadon iki wis nelesisikil-Ku srana luhé, banjur diusapinganggo rambuté.45Nalika Aku mlebu ing omahmu, Akuora kokambung, nanging wong wadon ikingambungi sikil-Ku marambah-rambah,wiwit Aku teka ana ing kéné.46Kowé ora nglengani rambut-Ku,nanging wong wadon iki wis nglenganisikil-Ku nganggo lenga wangi.47Ngertia: Saka katresnané wongiki, sing semono gedhéné, ketitiksepira aboting dosané sing wis diapuradéning Gusti Allah. Wong sing nampanipangapura mung sethithik, katresnanéiya sethithik."

LUKAS 7.48–8.3 5948Gusti Yésus nuli ngandika marangwong wadon mau: "Dosa-dosamu wisdiapura."49Wong akèh sing padha bebarenganmangan karo Gusti Yésus nuli padharerasanan: "Wong kuwi sapa, kokwani-wani ngapura dosané manungsa?"50Nanging Gusti Yésus ngandikamarang wong wadon mau:"Pengandelmu sing mitulungi kowé. Wislungaa kanthi slamet."

81Ora wetara suwé Gusti Yésustindak mider-mider, ndlajahi

kutha-kutha lan désa-désa. Ana ingkono Panjenengané memulang babInjil, yakuwi pawarta kabungahan singmagepokan karo Kratoné Gusti Allah,sing wiwit ditindakaké. Rasul-rasul rolaspadha ndhèrèkaké tindaké Gusti Yésus.2Semono uga ana wong wadonsawetara, sing wis diwarasaké déningGusti Yésus saka enggoné kesurupandhemit utawa lelara liyané. Wong-wongwadon mau yakuwi Maryam, sing karanMagdaléna, sing wis ditundhung dhemitépitu.3Banjur Yohana, bojoné Khusa, pegawéing kratoné Sang Prabu Hérodès; Susana

LUKAS 8.4–8 60

lan wong wadon akèh menèh. Para wongwadon mau padha ngladèni Gusti Yésuslan wong-wong sing padha ndhèrèkPanjenengané. Déné ragadé peladosankabèh padha disangga dhéwé déningwong-wong wadon mau.4Wong akèh saka endi-endi orakendhat-kendhat padha teka, sowanGusti Yésus. Nalika wis akèh sing padhanglumpuk, Gusti Yésus nuli mulangnganggo pasemon, mengkéné:5 "Ana wong nyebar wiji. Nalika laginyawuraké wiji mau ana ing pategalané,ana wiji sawetara sing tiba ana ing dalan.Wiji mau nuli ana sing kepidak-pidakdéning wong liwat, lan ana sing dicucukimanuk.6Uga ana wiji sawetara sing tiba anaing lemah padhas. Bareng wiji mau wiwitthukul, nuli mati, jalaran lemahé garing.7Ana wiji sawetara liyané sing tiba anaing grumbul eri. Bareng wiji mau thukul,nuli kelindhih déning grumbul mau,temah mati.8Nanging uga ana wiji sawetara singtiba ana ing lemah loh. Wiji mau thukullan metokaké woh, wiji siji metokakéwoh tikel satus." Gusti Yésus mungkasi

LUKAS 8.9–13 61

piwulangé srana ngandika: "Sapa singduwé kuping, padha ngrungokna!"9Para sekabat nuli padha nyuwun pirsamarang Gusti Yésus bab tegesé pasemonmau.10Pangandikané: "Wewadiné KratonéAllah kuwi mung diblakakaké marangkowé. Déné wong-wong liya mungDakwulang srana pasemon, supayasenajan padha ndeleng, ora weruh, lansenajan padha krungu ora ngerti."11Pangandikané Gusti Yésus: "Maknanépasemon bab wong nyebar wiji kuwimengkéné: Wiji kuwi pangandikanéAllah.12Wiji sing tiba ana ing dalan, kuwiwong sing padha krungu pangandikanéAllah. Nanging Iblis nuli teka mbusekpangandika mau saka ing atiné, ngantiwong mau ora precaya sarta oradislametaké.13Déné wiji sing tiba ing lemah padhaskuwi wong sing krungu pangandikanéAllah lan nampani pangandika mauklawan bungah. Nanging pangandikamau ora dirasakaké kanthi temenan.Olèhé precaya mung sedhéla. Bareng

LUKAS 8.14–17 62

ana godha teka, wong mau ora tahanbanjur ninggalaké kaprecayané.14Déné wiji sing tiba ana ing antaranéthethukulan eri, kuwi wong singngrungokaké pangandikané Allah,nanging bareng thukul, pangandikamau kelindhih déning rasa sumelang,kasugihan lan kanikmataning donya,nganti pangandika mau ora rumeseping ati lan ora metokaké precaya kangmantep.15Déné wiji sing tiba ana ing lemahloh, kuwi wong sing ngrungokaképangandikané Allah lan tansah ngrasak-ngrasakaké pangandika mau klawantemenan lan mbangun-turut. Wekasanépangandika mau metokaké precaya singmantep ana ing atiné wong mau."16 "Ora ana wong sing nyumed diyan,nuli ditutupi panci utawa didokokakéing longan. Kosokbaliné, diyan sing wisdisumed bakal ditumpangaké ana ingajug-ajug, supaya saben wong sing anaing jero omah kepadhangan.17Sebab prekara sing disidhembakal diumumaké, lan barang singditutup-tutupi bakal konangan landiwartak-wartakaké.

LUKAS 8.18–24 6318Awit saka kuwi, padha nggatèknakandha-Ku: Sapa sing wis duwé, bakalditambahi, nanging sing sapa ora duwéapa-apa, wong mau bakal dipundhutiapa sing dikira diduwèni."19Nalika semana Gusti Yésus dipurugidéning ibu lan sedhèrèk-sedhèrèké;nanging padha ora bisa ketemu karoPanjenengané merga saka akèhé wong.20Nuli ana wong sing ngaturi pirsamarang Gusti Yésus: "Ibu lan sedhèrèk-sedhèrèk Panjenengan wonten ing njawi,badhé kepanggih kaliyan Panjenengan."21Nanging Gusti Yésus ngandika:"Ibu-Ku lan sedulur-sedulur-Ku yakuwisakèhing wong sing padha ngrungokakélan ngèstokaké pangandikané Allah."22Sawijining dina Gusti Yésus lanpara sekabaté nitih prau. Gusti Yésusngandika marang para sekabat mau:"Ayo padha nyabrang mrana." Praunétumuli mangkat.23Nalika lagi padha lelayaran mau,Gusti Yésus saré. Dumadakan ing tlagaana prahara gedhé. Prauné kelebonbanyu nganti nguwatiraké banget.24Para sekabat nuli padha marani GustiYésus. Panjenengané diwungu, aturé:

LUKAS 8.25–28 64

"Gusti, Gusti, kawula sami ketiwasan!"Gusti Yésus nuli wungu. Angin lan ombakmau didhawuhi supaya lerem kabèh.25Gusti Yésus nuli ngandika marangpara sekabaté: "Pengandelmu anaing ngendi?" Para sekabat maupadha wedi lan gumun banget, sartapadha rerasanan: "Wong iki sapa ta,déné nganti angin lan ombak padhangèstokaké dhawuhé?"26Gusti Yésus lan para sekabatnerusaké enggoné lelayaran ngantitekan tanah Gerasa, ing sisih wétanéTlaga Galiléa.27Bareng Gusti Yésus wis tekandharatan, ana wong lanang kepanjingandhemit marani Panjenengané. Wongmau tekané saka ing kutha, wis suwé oranganggo sandhangan lan ora manggonana ing omah. Manggoné ana ingguwa-guwa, ing kuburan.28Nalika wong mau weruh Gusti Yésus,banjur mbengok lan sujud ana ingngarsané, aturé: "Yésus, PutranipunAllah ingkang Mahaluhur! Wonten urusanmenapa Panjenengan kaliyan kula? Kulanyuwun kanthi sanget, sampun ngantosnyiksa kula!"

LUKAS 8.29–33 6529Wong mau matur mengkono, mergadhemité wis didhawuhi metu déningGusti Yésus. Dhemit mau kerep masésawong mau, nganti senajan ana ingkunjara wis diranté, éwasemono bisambedhat lan déning dhemité digawamenyang ara-ara samun.30Gusti Yésus ndangu marang wongmau: "Jenengmu sapa?" Wangsulanésing didangu: "Nama kula Legiun," awitdhemit sing ngrasuk wong mau akèhbanget.31Dhemit-dhemit mau nyuwun kanthibanget marang Gusti Yésus, supaya ajaditundhung mlebu ing juranging pati.32 Ing sacedhaké kono ana babi akèhbanget, sing lagi padha golèk panganana ing èrèng-èrènging gunung. Dhemit-dhemit mau padha nyuwun marangGusti Yésus, supaya diparengaké mlebuana ing babi-babi kuwi. Panyuwun maudiparengaké.33Dhemit-dhemit mau nuli metu sakawong sing kepanjingan, angslup ingbabi-babi. Sanalika babi-babi mau nulinjegur ing tlaga saka pinggiring jurangkono, temahan padha mati kleleb.

LUKAS 8.34–37 6634Para pangoné bareng weruh lelakonkuwi, nuli padha mlayu menyang kuthalan nyritakaké lelakon mau marangwong-wong ing kutha lan ing désa-désasakiwa-tengené.35Wong-wong sing padha krungu nulipadha metu arep ndeleng kedadéanmau. Banjur padha marani Gusti Yésus,lan ing kono padha weruh wong singtilas kepanjingan dhemit. Wong mau lagilungguh ana ing sandhingé sampéyanéGusti Yésus; wis nganggo sandhanganlan pikirané wis waras. Wong kabèhsing padha teka saka kutha mau temahpadha wedi.36Wong-wong liyané sing padhaweruh dhéwé, nuli padha nyritakakébab enggoné Gusti Yésus nundhungdhemit-dhemit sing ngangslupi wongmau.37Wasana kabèh wong ing tanah Gerasakono nyuwun kanthi banget marangGusti Yésus, supaya Panjenengané kersatindak saka panggonan kono, awit wongkabèh mau padha wedi banget. MulanéGusti Yésus iya nuli nitih prau, banjurkondur.

LUKAS 8.38–42 6738Wong sing tilas kepanjingan dhemitmau nyuwun kanthi banget marangGusti Yésus, arep ndhèrèk, nangingGusti Yésus ora marengaké.39Pangandikané: "Kowé balia menyangdésamu lan critakna marang wong-wonging kana apa sing wis ditindakaké déningGusti Allah marang kowé." Wong maunuli lunga lan ndlajahi kutha-kuthakabèh, karo nyritakaké apa sing wisditindakaké déning Gusti Yésus marangdhèwèké.40Sakonduré saka tanah Gerasa, GustiYésus dipethukaké wong akèh klawanbungah, jalaran pancèn sing diarep-arep.41 Ing kono ana wong sowan ingngarsané, jenengé Yairus. Yairus kuwikepalané sinagogé ing panggonan kono,sujud ing ngarsané Gusti Yésus lannyuwun kanthi banget supaya GustiYésus kersa rawuh ing omahé,42awit anaké wadon ontang-anting,sing umur rolas taun, lara banget,mèh mati. Gusti Yésus nuli tedhakmenyang omahé Yairus. Saka akèhéwong sing padha ndhèrèkaké tindaké,sarirané nganti kedhesek-dhesek sakakiwa-tengen.

LUKAS 8.43–48 6843 Ing kono ana wong wadon sing wisrolas taun lawasé lara nggrajag getih.Bandhané nganti entèk kanggo mbayardhukun, éwasemono larané ora mari.44Wong wadon mau ndhesek ngantibisa nyedhaki Gusti Yésus saka mburi lanndemèk gombyoking jubahé. Sanalikaiku uga enggoné nggrajag getih mampet.45Gusti Yésus ngandika: "Sapasing ndemèk Aku?" Sarèhné ora anasing ngaku, Pétrus banjur matur:"Semanten kathahipun tiyang ingkangsami ngesuk-esuk Panjenengan, kokPanjenengan ndangu, sinten ingkangndemèk Panjenengan?"46Nanging Gusti Yésus ngandika: "Anawong sing ndemèk Aku. Aku krasa,jalaran ana daya sing metu saka ingAku."47Bareng wong wadon mau ngerti yènkonangan, sumungkem ing ngarsanéGusti Yésus. Ing ngarepé wong akèh,wong wadon mau nyritakaké enggonéwis ndemèk jubahé Gusti Yésus lan dadiwaras sanalika.48Pangandikané Gusti Yésus: "Nggèr,precayamu sing marasaké kowé. Lungaakanthi slamet."

LUKAS 8.49–55 6949Nalika Gusti Yésus isih ngandika, anakongkonan saka omahé Yairus, kepalasinagogé, matur: "Bapak mboten sisahdamel ribedipun Guru, sebab ingkangputra sampun tilar-donya."50Gusti Yésus mireng apa singdikandhakaké déning kongkonan mau,mulané banjur ngandika marang Yairus:"Aja kuwatir, ngandela waé, anakmubakal mari."51Sarawuhé ing omahé Yairus, GustiYésus ora marengaké wong ndhèrèkmlebu, kejaba Pétrus, Yohanes lanYakobus, sarta bapak lan ibuné bocahsing lara mau.52Wong kabèh lagi padha sedhih lannangisi sing mati. Gusti Yésus ngandika:"Aja padha nangis. Bocahé ora mati,mung turu!"53Wong kabèh padha nggeguyu, mergapadha ngerti, yèn bocahé pancèn wismati temenan.54Gusti Yésus banjur ngasta tanganébocah sing mati mau karo ngandikaklawan swara seru: "Nggèr, tangia!"55Nyawané bocah mau sanalika pulih.Bocahé nuli tangi. Gusti Yésus dhawuhsupaya bocah mau diwènèhi mangan.

LUKAS 8.56–9.6 7056Wong tuwané bocah kaéramanbanget. Nanging Gusti Yésus oramarengaké lelakon kuwi diwartak-wartakaké marang wong akèh.

91Gusti Yésus nimbali rasulé rolas,nuli diparingi kasektèn lan pangwasa

nundhungi dhemit lan marasaké lelara.2Semono uga para rasul mau diutusnggiyaraké bab Kratoné Allah lanmarasaké wong lara.3Pangandikané: "Aja padha sanguapa-apa ana ing dalan. Aja nggawateken utawa kanthong kanggo nampanisedhekah, pangan, apa dhuwit; utawasandhangan rangkep.4Menawa kowé wis ditampa anasawijining omah, kowé tetepa ana ingkono, nganti kowé lunga saka ing kuthamau.5Déné menawa ana wong sing oragelem nampa kowé, metua saka ingkutha kono, lan ketabna lebu sing anaing sikilmu, supaya dadi piwelèh marangwong-wong ing kono."6Para rasul nuli padha mangkat, nyebarpawarta Injil ana ing ngendi-endi, karomarasaké wong lara.

LUKAS 9.7–11 717Sang Prabu Hérodès, sing dadi rajaana ing tanah Galiléa, bareng mirengsakèhing lelakon kuwi dadi bingung.Sebab ana wong sing kandha: "NabiYohanes Pembaptis wis urip menèh!"8Wong liya menèh kandha, yèn NabiÉlia jumedhul menèh. Wong liya menèhkandha, yèn salah sawijining nabi jamankuna urip menèh.9Sang Prabu Hérodès ngunandika:"Yohanes wis daktigas guluné. Lha wongiki sapa? Aku krungu wartané yèn wisnindakaké prekara rupa-rupa." MulanéSang Prabu Hérodès tansah ngudi bisanéketemu karo Gusti Yésus.10Bareng para rasul wis padha bali sakaenggoné diutus déning Gusti Yésus, nulipadha nglapuraké marang Panjenenganéapa sing wis padha dilakoni. Gusti Yésusnuli ngajak para rasul nyingkir menyangkutha Bètsaida.11Nanging bareng wong akèh padhakrungu yèn Gusti Yésus lan para rasulpadha tindak mrana, nuli padha nututi.Wong kabèh mau padha ditampanidéning Gusti Yésus lan padha diwulangbab Kratoné Allah. Déné sing padhanandhang lelara padha diwarasaké.

LUKAS 9.12–16 7212Bareng wis soré, para rasul rolas nulipadha sowan ing ngarsané Gusti Yésus,sarta matur: "Gusti, menapa mbotenprayogi menawi tiyang-tiyang menikaPanjenengan dhawuhi késah kémawon,supados sami saged pados tetedhanlan pasipengan ing dhusun-dhusunsakiwa-tengen ngriki, awit ing ngrikipanggènanipun sepen!"13Pangandikané Gusti Yésus: "Ora,kowé waé sing padha mènèhanamangan!" Aturé para rasul mau: "Kulanamung sami gadhah roti gangsal sartaulam kalih, kejawi menawi kula kautustumbas tetedhan kanggé tiyang menikasedaya!"14 (Sing ngumpul ana ing kono wongélanang waé kira-kira ana limang èwu.)Gusti Yésus banjur ngandika marangpara rasul mau: "Wong akèh kuwi konenlungguh sapantha-sapantha, sapanthanékira-kira wong sèket."15Para rasul nuli nglakoni apa singdidhawuhaké déning Gusti Yésus. Wongkabèh padha dikon lungguh.16Gusti Yésus nuli mundhut roti limalan iwak loro mau, banjur tumenga inglangit lan ngaturaké donga panuwun

LUKAS 9.17–20 73

marang Gusti Allah. Roti-roti nulidicuwil-cuwil, semono uga iwak loromau, nuli diparingaké marang para rasulsupaya diedumaké marang wong akèh.17Wong kabèh padha mangan ngantiwareg. Para rasul ngumpulaké sisa singditinggal déning wong-wong akèhé rolasténggok kebak.18 Ing sawijining dina nalika GustiYésus lagi ndedonga piyambakan, parasekabaté padha sowan ing ngarsané.Nuli padha didangu: "Manut kandhanéwong-wong, Aku iki sapa?"19Wangsulané para sekabat: "Wonteningkang mastani Panjenengan menikaNabi Yohanes Pembaptis. Nangingwonten ugi ingkang sanjang, bilihPanjenengan menika Nabi Élia. Lajengwonten malih tiyang ingkang criyos bilihPanjenengan menika salah setunggalingnabi ing jaman kina, ingkang wungusaking séda."20Gusti Yésus ndangu menèh: "Lha, yènkowé dhéwé, Aku iki sapa?" WangsulanéPétrus: "Panjenengan menika SangKristus! Utusanipun Allah."

LUKAS 9.21–26 7421Para sekabat padha diwanti-wantimengkéné: "Aja pisan-pisan bab ikikokkandhakaké marang wong liya.22Putrané manungsa bakal nandhangsangsara lan ditampik déning parapinituwa, para pengareping imam, sartapara ahli Torèt. Panjenengané bakaldisédani, nanging ing telung dinanébakal diwungokaké."23Gusti Yésus nuli ngandika marangwong kabèh: "Saben wong sing kepéngindadi murid-Ku, padha nyingkura awakédhéwé, saben dina mikul salibé, lanngetutaké Aku.24Sebab sing sapa ngaya, ngudi golèkkepénaking uripé, kuwi bakal kélanganurip sing sejati. Nanging sapa singngurbanaké uripé krana Aku, kuwi singbakal lestari urip.25Apa gunané wong bisa nduwènidonya iki kabèh, nanging rusak uripé,utawa kélangan nyawané?26Sapa sing isin ngaku dadi murid-Kulan isin nganut piwulang-Ku ana ingngareping wong, Putrané Manungsa ugabakal lingsem ngaku wong mau, mbésuksamasa rawuh ngagem kamulyané, lan

LUKAS 9.27–32 75

kaluhurané Sang Rama, tuwin paramalaékat suci.27Padha gatèkna kandha-Ku iki: ingantaramu ana sawetara sing bakal orangalami mati sadurungé Gusti Allahnindakaké Kratoné ana ing bumi."28Kira-kira seminggu sawisé GustiYésus memulang bab prekara-prekaramau, Panjenengané minggah ingsawijining gunung prelu ndedonga,kadhèrèkaké déning Pétrus, Yohanes lanYakobus.29Nalika lagi ndedonga, pasuryanémalih lan agemané dadi putih mengkilap.30Ujug-ujug ana wong loro sing padhangandikan karo Gusti Yésus, yakuwi NabiMusa lan Nabi Élia.31Sakaroné padha ngagemkamulyaning swarga. Sing padhadirembug bab enggoné Gusti Yésus bakalnandhang sangsara lan séda ana ingkutha Yérusalèm sawetara dina menèh,murih kelakoné rancangané Pangéran.32Pétrus lan kanca-kancané padhaturu pules. Bareng padha tangi nuliweruh kamulyané Gusti Yésus lan ugakamulyané wong loro sing ngadegbebarengan mau.

LUKAS 9.33–38 7633Nalika wong loro kuwi arep lunganinggal Gusti Yésus, Pétrus maturmarang Gusti Yésus: "Gusti, kawulasami remen wonten ing ngriki. Prayogimenawi kawula sami ngedegaken tarubtiga, setunggal kagem Panjenengan,setunggal kagem Nabi Musa lansetunggalipun malih kagem Nabi Élia."(Aturé Pétrus sing mengkono mau mergaora ngerti apa sing diucapaké.)34Nalika Pétrus isih caturan, ana mégateka nutupi Pétrus, Yohanes lan Yakobus.Para sekabat padha wedi banget.35Tumuli ana swara saka ing mégamau, sing ngandika mengkéné: "IkiPutra-Ku sing wis Dakpilih, padhaèstokna dhawuhé!"36Bareng swara mau meneng, singkaton ana ing kono mung Gusti Yésuspiyambak. Nabi Musa lan Nabi Élia wisora ana. Para sekabaté Gusti Yésus oratau nyritakaké lelakon mau marang sapawaé.37Ésuké, Gusti Yésus lan para sekabatépadha mudhun saka gunung. Akèh wongsing nuli sowan ing ngarsané.38 Ing satengahé wong akèh mau anawong lanang sing matur: "Guru, nyuwun

LUKAS 9.39–43 77

tulung, mugi kersa mirsani anak kula.Anak kula namung menika!39Piyambakipun sering dipun surupidhemit, lajeng dadakan jerit-jerit.Larénipun lajeng kaken, sartacangkemipun muruh, mesakakensanget. Dhemit menika enggènipunnyiksa mboten kèndel-kèndel, sarta mèhmboten naté ngeculaken.40Kula sampun nyuwun tulung dhatengpara sekabat Panjenengan, supadosnundhung dhemit wau, nanging samimboten saged."41Gusti Yésus ngandika: "Kowé pancènkebangeten enggonmu ora precayamarang Gusti Allah. Kudu pira lawaséenggon-Ku ana ing tengahmu lan nyabarikowé? Wis, bocahé gawanen mréné!"42Nalika bocahé lagi mlaku maraniGusti Yésus, bocah mau dibanting déningdhemité lan awaké dadi kaku. NangingGusti Yésus nuli nyentak dhemit maulan marasaké bocahé. Bocah mau nulidipasrahaké marang bapakné.43 (9-43a) Wong kabèh padha kaéramanweruh kwasané Gusti Allah sing semonogedhéné. (9-43b) Nalika wong akèhisih durung mari olèhé kaéraman

LUKAS 9.44–48 78

tumrap sakèhé lelakon mau, Gusti Yésusngandika marang para sekabaté:44 "Padha rungokna tembung-Ku iki:Putrané Manungsa bakal diulungakémarang pangwasané wong."45Nanging para sekabat mau ora padhangerti, apa tegesé pangandikané GustiYésus mau. Prekara kuwi pancèn digawéwadi ing ngatasé para sekabat, karebènpadha ora ngerti tegesé pangandikanéGusti Yésus mau, nanging para sekabatpadha ora wani nyuwun pirsa.46 Ing antarané para sekabaté GustiYésus ana dredah bab sapa sing pinunjuldhéwé.47Gusti Yésus pirsa apa sing lagipadha dipikir. Mulané nuli nimbali bocahcilik siji, didhawuhi ngadeg ana ingsandhingé.48Gusti Yésus nuli ngandika marangpara sekabat: "Sing sapa nampanibocah cilik iki atas saka jeneng-Ku,kuwi Aku sing ditampani; lan sing sapanampani Aku, kuwi dadi uga nampanising ngutus Aku. Awit sapa sing cilikdhéwé ing antaramu kabèh, kuwi singgedhé dhéwé!"

LUKAS 9.49–54 7949Rasul Yohanes matur marangGusti Yésus: "Guru, kawula sumereptiyang nundhung dhemit atas AsmaPanjenengan, lajeng kula penging, awittiyang wau sanès patunggilan kita."50Gusti Yésus ngandika: "Ajakokpenging. Sebab sapa sing oranglawan marang kowé, kuwi nyarujuki!"51Bareng wis cedhak dina enggonéGusti Yésus bakal kondur menyang ingswarga, Panjenengané menggalih areptindak menyang kutha Yérusalèm.52Nuli ngutus wong sawetara, ndhisikitindaké; wong-wong mau banjur padhamangkat, lan mlebu ing salah sawijiningdésa ing tanah Samaria. Ana ing konopara utusan mau arep padha nyawisakésamubarang kagem Gustiné.53Nanging wong-wong ing désa konopadha ora gelem nampani rawuhé GustiYésus, sebab cetha yèn tindaké GustiYésus lan para sekabaté kuwi arepmenyang kutha Yérusalèm.54Nalika sekabat loro, Yakobus lanYohanes, weruh sing mengkono mau,nuli matur marang Gusti Yésus: "Gusti,menapa kepareng kawula sami nyuwun,

LUKAS 9.55–60 80

supados tiyang-tiyang menika dipunsamber bledhèg, kajengipun sirna?"55Nanging Gusti Yésus nolèh marangsekabat-sekabat mau sarta padhadidukani.56Gusti Yésus lan para sekabaté nulinglajengaké tindaké menyang désa liya.57Nalika padha mbacutaké lakunémenyang désa liyané mau, ana wongmatur marang Gusti Yésus mengkéné:"Guru, kawula badhé ndhèrèk dhatengpundi kémawon tindak Panjenengan!"58Pangandikané Gusti Yésus: "Asu ajagpadha duwé rong lan manuk padha duwésusuh, nanging Putraning Manungsaora kagungan papan kanggo nyèlèhakémestakané."59Gusti Yésus banjur ngandika marangwong liyané: "Mèlua Aku." Nangingwong mau mangsuli: "Gusti, keparengakawula késah rumiyin, ngubur bapakkawula."60Pangandikané Gusti Yésus: "Wis bènwong mati padha ngubur pepadhanéwong mati, nanging kowé kuwi lungaalan martakna Injil, yèn Kratoné Allah wiswiwit ditindakaké."

LUKAS 9.61–10.4 8161Lan ana menèh wong sing maturmarang Gusti Yésus: "Guru, kawulabadhé ndhèrèk Panjenengan, nangingkeparenga kawula wangsul pamitanrumiyin kaliyan brayat kawula."62Nanging Gusti Yésus ngandika:"Wong sing wiwit mluku, mangka nolèhndeleng sing ana ing mburi, wong kuwiora pantes ana ing Kratoné Allah."

101Sawisé kuwi Gusti Yésus nulimilih murid menèh pitung puluh.

Para murid mau diutus ngloro-ngloro,ndhisiki tindaké Gusti Yésus menyangsaben kutha lan panggonan sing arepdirawuhi.2Pangandikané Gusti Yésus: "Sing kududienèni pancèn akèh, nanging sing derepmung sethithik. Mulané padha nyuwunamarang sing kagungan panèn, kersaangutus wong luwih akèh menèh kanggongumpulaké panènané.3Padha mangkata. Kowé Dakutus kayacempé ing satengahé asu ajag.4Aja padha sangu dhuwit, utawanggawa kanthong kanggo nampanisedhekah, apa déné sepatu. Uga ajapadha mandheg ana ing dalan nyalamisapa-sapa.

LUKAS 10.5–10 825Menawa kowé mlebu ing sawijiningomah ngucapa: ‘Assalamu alaikum.’d6Yèn wong sing padha manggon ingomah kono mau seneng marangkatentreman, salammu bakalnjalari wong-wong mau padhaolèh katentreman. Nanging menawawong-wong mau padha ora senengmarang katentreman, salammu bakalbali menèh marang kowé.7Lestaria manggon ana ing brayatkono. Padha mangana lan ngombéaapa sing disuguhaké marang kowé,sebab wong nyambut-gawé kuwi wissamesthiné nampa opah. Aja padhangolah-ngalih enggonmu nginep.8Yèn kowé mlebu ing sawijining kuthalan ana ing kono ditampa klawan becik,mangana apa sing disuguhaké marangkowé.9Wong lara ing kutha kono padhawarasna, lan wong-wong padhakandhanana: ‘Kratoné Allah ana ingtengahmu.’10Yèn ana kutha sing kokleboni,nanging ora gelem nampa kowé, lungaa

dAssalamu alaikum: ‘Tentrem rahayu anaa ingkowé kabèh.’

LUKAS 10.11–15 83

menyang ing dalan-dalan gedhé ingkutha kono, sarta munia mengkéné:11 ‘Dalasan bledugé kuthamu,sing nèmpèl ana ing sikilku, kuwidakketabaké ana ing ngarepmu. Nangingpadha titènana, ora suwé menèh KratonéAllah bakal diwiwiti ana ing tengahmu!’12Titènana, ing Dina Kiamat kuthaSodom bakal luwih diwelasi déning GustiAllah, ketimbang karo kutha kuwi."13 "Cilaka kowé, kutha Khorazim! Cilakauga kowé, kutha Bètsaida! Sebab upamaing kutha-kutha Sidon lan Tirus anamujijat-mujijat kaya sing kelakon anaing tengah-tengahmu, wong-wonging kono mesthi wis biyèn-biyènenggoné nlangsani dosané, sarta padhanyandhang bagor lan lungguh ing awu,kanggo mbuktèkaké enggoné mratobat.14Mbésuk ing Dina Kiamat parawargané kutha Tirus lan Sidon bakalluwih diwelasi déning Gusti Allahketimbang karo kowé.15Lan kowé, kutha Kapèrnaum!Pangiramu kowé bakal dijunjung ngantitekan swarga? Ora bakal! Kowé malahbakal dicemplungaké ana ing nraka!"

LUKAS 10.16–20 8416Gusti Yésus nuli ngandika marangpara muridé: "Sapa sing manut marangpiwulangmu, kuwi uga manut marangAku. Lan sing sapa nampik kowé, kuwiiya nampik Aku. Lan sapa sing nampikAku, kuwi iya nampik Panjenengané singngutus Aku."17Muridé Gusti Yésus pitung puluhmau padha bali kanthi bungah, sartapadha matur: "Gusti, dalasan paradhemit samangsa kawula tundhung atasAsma Panjenengan, temtu sami tundhukdhateng kawula."18Gusti Yésus ngandika: "Aku ndelengIblis tiba saka ing langit kaya cumlèrètingkilat.19Padha diéling! Kowé wis padhaDakwènèhi kasektèn ngidak ulalan kalajengking, sarta ngalahakékekuwatané mungsuh. Lan ora anaprekara apa waé sing bisa gawécilakamu.20Éwasemono kowé aja padha bungah,merga dhemit-dhemit wis padha tundhukmarang kowé; aluwung padha bungaha,merga jenengmu wis katulis ana ingswarga."

LUKAS 10.21–24 8521Nalika semana Gusti Yésus rena ingpenggalih, sebab kapenuhan ing SangRoh Suci. Gusti Yésus nuli matur marangSang Rama: "Rama, Allahipun langitlan bumi. Kawula saos panuwun, dénéprekawis ingkang Paduka damel wadostumrap tiyang wasis lan tiyang pinter,samenika sampun Paduka wedharakendhateng tiyang-tiyang ingkang prasaja.Saèstu, sedaya menika sampun Padukatindakaken miturut kepareng lan kersaPaduka piyambak.22Samubarang kabèh wis dipasrahakédéning Sang Rama marang Aku. Lanora ana wong sing ngerti Sang Putrakuwi sapa, kejaba mung Sang Rama.Mengkono uga ora ana wong sing ngertiSang Rama kuwi sapa, kejaba mungSang Putra piyambak, lan wong-wongsing diwanuhaké Sang Putra maumarang Sang Rama."23Gusti Yésus nuli mirsani marangpara muridé, banjur ngandika marangpara murid mau: "Kowé kuwi wongsing begja banget, sebab kowé weruhprekara-prekara sing kokdeleng iki.24Sebab élinga; akèh nabi lan ratu,sing kepéngin padha ndeleng apa sing

LUKAS 10.25–29 86

kokdeleng iki, nanging padha ora bisa.Padha kepéngin krungu apa sing saikipadha kokrungu, nanging ora kelakon."25 Ing sawijining dina ana ahli Torèt arepnyoba marang Gusti Yésus, aturé: "Guru,menapa ingkang kedah kawula lampahi,supados angsal gesang langgeng."26Pangandikané Gusti Yésus: "Apa singkatulis ana ing Kitab Torèt? Apa singkokwaca ana ing kono?"27Ahli Torèt mau mangsuli: "‘Kowétresnaa marang Pangéran Allahmu,klawan gumolonging atimu, klawangumolonging nyawamu, klawansakatoging kekuwatanmu, lan klawangumolonging budimu,’ lan menèh ‘Padhatresnaa marang sapepadhamu kayaenggonmu nresnani marang awakmudhéwé.’"28Pangandikané Gusti Yésus:"Wangsulanmu kuwi wis bener. Kuwilakonana, temah kowé bakal olèh uriplanggeng."29Nanging ahli Torèt kuwi arepmbeneraké awaké dhéwé, mulané nulinyuwun pirsa marang Gusti Yésus:"Lajeng ingkang dados sesami kulamenika sejatosipun sinten?"

LUKAS 10.30–35 8730Pangandikané Gusti Yésus: "Anapriya lelungan, mlaku saka kuthaYérusalèm menyang kutha Yérikho.Ing tengah dalan wong mau dibégal.Barangé dirampog, lan wongé dhéwédigebugi nganti setengah mati, banjurditinggal déning bégalé ana ing tengahdalan.31Kapinujon ana imam liwat ing kono.Bareng weruh wong sing dibégal mau,imam kuwi banjur mlaku mlipir metusisih kanané dalan.32Semono uga wong Lèwi, sing liwating kono, wong mau weruh wong singdibégal mau, nanging mlaku terus, liwatpinggir dalan sing sisih kana.33Tumuli ana wong Samaria singlelungan, uga liwat ing dalan kono.Bareng weruh wong sing dibégal mau,atiné trenyuh.34Nuli diparani, tatuné dilengani, landiwènèhi anggur, sarta dipreban. Sawisékuwi nuli ditunggangaké ing kuldiné,digawa menyang ing penginepan, sartadirumat ana ing kono.35Ésuké wong Samaria mau mènèhidhuwit rong dinar marang sing duwépenginepan, karo masrahaké wong

LUKAS 10.36–40 88

sing lara mau, tembungé: ‘Wong ikirumatana. Mbésuk yèn aku bali liwatkéné, ongkosé enggonmu ngrumatiwong kuwi bakal dakbayar kabèh.’"36Gusti Yésus nuli mungkasi critanémau srana ndangu mengkéné: "Manutpanemumu, wong telu mau endi singdadi pepadhané wong sing dibégal?"37Ahli Torèt mau mangsuli: "Inggihtiyang ingkang nindakaken kawelasandhateng tiyang ingkang dipun bégalmenika." Pangandikané Gusti Yésus:"Wis, mundura, lan nglakonanamengkono uga."38Sawijining dina Gusti Yésus lan parasekabaté tindak tekan ing sawijiningdésa. Ing kono ana wong wadon,sing jenengé Marta, ngampirakéPanjenengané menyang omahé.39Marta duwé sedulur wadon, jenengéMaryam. Maryam mau lungguh terusing sacedhaké sampéyané Gusti,ngrungokaké piwulangé Gusti Yésus.40Déné Marta ribut banget ngladènipara tamuné. Marta nuli maraniGusti Yésus sarta matur: "Guru, cobiPanjenengan penggalih! Sedhèrèkkula menika mboten preduli kula

LUKAS 10.41–11.4 89

nyambut-damel piyambakan. Mbokinggiha Panjenengan dhawuhi supadosngréncangi kula!"41Gusti Yésus ngandika: "Marta,Marta! Kowé kuwi répot mikiraké barangsepirang-pirang.42Mangka sing prelu kuwi mung siji!Déné Maryam iki wis milih prekara singbecik dhéwé, sing ora bakal kapundhutsaka dhèwèké!"

111Sawijining dina Gusti Yésusndedonga ana ing salah sawijining

panggonan. Sawisé rampung, anasekabat sing nyuwun pirsa: "Gusti, mbokkula sami Panjenengan wuruki ndedonga,kados déné Nabi Yohanes inggih murukindedonga murid-muridipun."2Gusti Yésus nuli ngandika: "Menawakowé padha ndedonga, maturamengkéné: ‘Dhuh Rama, Asma Padukaingkang suci mugi kaurmatan déningpara manungsa sedaya, lan KratonPaduka mugi kelampahan wonten ingngriki.3Saben dinten kawula mugi Padukaparingi rejeki ingkang kawula betahaken.4Dosa kawula mugi Paduka apunten,sebab kawula inggih ngapunten saben

LUKAS 11.5–9 90

tiyang ingkang kalepatan dhatengkawula. Kawula mugi sami katebihakensaking panggodha!’"5Gusti Yésus banjur ngandika marangpara sekabaté: "Saupama ing tengahmuana wong sing bengi-bengi lungamenyang omahé kancané, lan nembung:‘Aku silihana roti telung iji,6 sebab kanca-kancaku sing mbenerilelungan padha mampir ing omahku,mangka aku ora duwé pangan kanggonyuguh!’7Saupama kanca sing koktekani maumuni mengkéné: ‘Aja gawé répotku!Lawangé wis dakkancing, sarta aku lananak-anakku wis padha turu. Aku oraarep tangi lan mènèhi apa-apa marangkowé!’"8 "Banjur kepriyé? Ngandela, senajankowé kuwi kancané, wong mau ora areptangi lan mènèhi apa-apa marang kowé,nanging merga saka enggonmu oraduwé isin, nggujeg njaluk tulung, wongmau bakal tangi lan mènèhi marangkowé apa sing kokjaluk.9Mulané padha élinga: Yèn kowényuwun, bakal diparingi; yèn kowé

LUKAS 11.10–15 91

golèk, bakal nemu; yèn kowé nothoklawang, bakal dibukakaké lawang.10Sebab saben wong sing nyuwun,bakal diparingi; wong sing golèk bakalnemu, lan wong sing nothok lawangbakal dibukakaké lawang.11Yèn ing antaramu ana sing duwéanak, apa kelakon mènèhi ula maranganaké sing njaluk iwak?12Utawa mènèhi kalajengking, yènanaké mau njaluk endhog?13Yèn selaginé kowé wong sing ala waéngerti mènèhi barang sing becik maranganak-anakmu, apa menèh Ramamu ingswarga. Panjenengané mesthi bakalmaringaké Sang Roh Suci marang sabenwong sing nyuwun!"14Sawijining dina Gusti Yésus nundhungdhemit sing marakaké wong dadi bisu.Bareng dhemité wis metu, wong mauwiwit caturan. Wong kabèh padhagumun.15Nanging ana sawetara sing muni:"Yésus kuwi enggoné bisa nundhungdhemit merga diwènèhi pangwasadéning Béèlzebul, ratuné para dhemitkabèh."

LUKAS 11.16–21 9216Uga ana wong liyané sing padhanyoba marang Gusti Yésus. Wong-wongmau padha nyuwun, supaya Gusti Yésusgawé mujijat saka swarga.17Nanging Gusti Yésus pirsa karepéwong-wong mau. Mulané banjurngandika: "Yèn ing sajroné negara anadredah, negarané mesthi ora bisa lestari.Lan brayat sing crah, bakal bubrah.18Menawa ing negarané Iblis anadredah ing antarané Iblis siji karo sijiné,kepriyé bisané negara mau lestari?Kowé kandha yèn enggon-Ku nundhungidhemit kuwi merga saka pangwasanéBéèlzebul.19Yèn mengkono, para muridmu kuwiolèhé padha nundhungi dhemit nganggopangwasané sapa? Para muridmu dhéwéwis padha mbuktèkaké yèn panemumukuwi salah.20Menawa aku nundhung dhemit oramerga saka pangwasané Béèlzebul,nanging merga saka pangwasané GustiAllah, kuwi mretandhani yèn KratonéAllah wis ana ing tengahmu.21Yèn ana wong rosa, sing njagaomahé nganggo gaman sapepaké,barang-barangé kabèh bakal aman.

LUKAS 11.22–26 9322Nanging yèn ketekan wong singluwih rosa, sing nempuh lan ngalahakédhèwèké, gegamané kabèh singdiendelaké bakal dirampas, lanbarang-darbèké dijarah rayah sartadiedum-edum.23Sapa sing ora ngrujuki Aku, kuwiateges nglawan marang Aku, lan singsapa ora mbantu Aku, ateges ngrusakpegawéan-Ku!"24 "Menawa ana dhemit wis metu sakawong, dhemit mau nuli mider-mider ingbumi sing cengkar, golèk papan kanggongaso. Yèn dhemit mau ora olèh papansing mengkono, banjur ngunandika:‘Beciké aku dakbali menyang omah singwis daktinggal!’25Dadiné dhemit kuwi nuli mbalèniomah mau, lan weruh yèn omah mauwis diresiki lan ditata rapi.26Dhemit mau banjur lunga menèhngundangi kancané dhemit pitu liyané,sing luwih ala ketimbang karo dhèwèké.Dhemit-dhemit kuwi banjur padhamanggon bebarengan ana ing wongmau. Wusana wong mau alané ngungkulidhèk biyèn, nalika isih dileboni dhemitsiji."

LUKAS 11.27–31 9427Sawisé Gusti Yésus mungkasipangandikané mau, nuli ana wongwadon saka ing antarané wong akèhmau nguwuh: "Begja tiyang èstri ingkangnglairaken lan nesepi Panjenengan!"28Nanging Gusti Yésus ngandika:"Sing begja kuwi wong sing padhangrungokaké sarta nggatèkaképangandikané Allah."29Nalika isih dirubung déning wongakèh, Gusti Yésus ngandika: "Wong-wong iki dhasar wong ala. Saiki padhanyuwun pretandha mujijat, nanging orabakal padha kaparingan, kejaba mungpretandhané Nabi Yunus.30Kaya déné Nabi Yunus enggonédadi pretandha tumrapé wong ingkutha Ninewé, semono uga PutranéManungsa iya bakal dadi pretandhatumrap wong-wong iki.31Mbésuk ing Dinané Kiamat Gusti Allahngadili para manungsa, Ratu Putri sakaing tanah Kidul bakal maju lan nggugatdosané wong-wong iki. Sebab Ratu kuwiwis rawuh saka pojoking bumi, saprelungrungokaké kawicaksanané Sang PrabuSuléman; mangka élinga, sing ana ingkéné iki ngungkuli Sang Prabu Suléman.

LUKAS 11.32–36 9532Mbésuk ing Dinané Kiamat GustiAllah ngadili para manungsa, parawargané kutha Ninewé bakal maju,nggugat dosané wong iki, sebab nalikapara wargané kutha Ninewé maupadha ngrungu pangandikané Allahsing diwedharaké déning Nabi Yunus,wong-wong mau nuli padha mratobat.Ngertia! Sing ana ing kéné iki ngungkuliNabi Yunus."33 "Ora ana wong sing nyumed diyan,banjur disèlèhaké ana ing panggonansing ndhelik, utawa nutupi diyan maunganggo panci. Nanging diyan mau bakaldisèlèhaké ana ing ajug-ajug, supayamadhangi wong-wong sing ana ing omahkono.34Mripat kuwi kena diupamakaké diyanana ing awak. Yèn mripatmu waras,awakmu sakojur padhang njingglang.Nanging yèn mripatmu blawur, awakmusakojur iya banjur dadi peteng.35Mulané padha ngati-atia supayapepadhang sing ana ing awakmu kuwiaja dadi peteng.36Yèn awakmu kapadhangan, lanora ana sethithik-thithika sing peteng,awakmu sakojur iya nuli bakal dadi

LUKAS 11.37–42 96

padhang njingglang, padha kaya yènkowé kapadhangan déning cahyaninglampu."37Bareng wis rampung enggonémemulang, Gusti Yésus banjur diaturidhahar ana ing omahé wong Farisi.Panjenengané nuli tindak mrana sartadhahar ing kono.38Wong Farisi mau gumun banget,nalika weruh Gusti Yésus dhahar tanpawijik asta dhisik.39Mulané Gusti Yésus ngandika:"Kowé wong Farisi padha kulina ngasahinjabané mangkok lan piring. Nanginging njeroné atimu kebak gagasanngrodha-peksa lan piala.40Kowé wong bodho! Gusti Allahsing nitahaké sisih njaba, apa iya oranitahaké sisih njero uga?41 Isining mangkok lan piringmu kuwising kudu kokwènèhaké marang wongmiskin. Srana mengkono kowé bakaldadi resik sakabèhé.42Cilaka kowé wong Farisi! Awitprasepuluhané asilé tanduranmu selasih,inggu lan sarupaning janganan kokbayar,nanging padha nglirwakaké kaadilan lankatresnan. Mangka kuwi sing kuduné

LUKAS 11.43–48 97

kokdhisikaké, tanpa nglirwakaké singliya-liyané mau.43Cilaka kowé wong Farisi! Ana ingsinagogé kowé padha seneng lungguhngarep, papan sing disedhiyakakékanggo wong penting, lan kowéseneng diurmati déning wong ana ingpasar-pasar.44Cilaka kowé! Kowé kuwi kayakuburan, sing tanpa tenger, singdiidak-idak déning wong, merga orangerti yèn kuwi kuburan."45Ana para ahli Torèt sing maturmarang Gusti Yésus: "Guru, pangandikaPanjenengan ingkang mekaten menikaugi ngrèmèhaken dhateng golongankula!"46Dhawuhé Gusti Yésus: "Kowé paraahli Torèt, kowé uga wong cilaka! Kowéngemotaké momotan sing abot ana ingpundhaké wong, momotan sing kowédhéwé emoh ndumuk, senajan mungnganggo drijimu waé.47Cilaka kowé. Kowé padha mbangunpesaréané para nabi, sing dhèk biyèndisédani déning para leluhurmu dhéwé.48Dadi srana mengkono kowé ngakoni,yèn kowé nyarujuki apa sing dilakoni

LUKAS 11.49–53 98

déning para leluhurmu, sebab iya pancènleluhurmu kuwi sing matèni para nabimau, lan kowé sing mbangun pesaréané.49Awit saka kawicaksanané Gusti Allahngandika: ‘Aku bakal ngutus nabi-nabilan rasul-rasul-Ku; sawenèh ana singbakal dipatèni lan liyané menèh bakalana sing dikuya-kuya.’50Ngandela! Getihé para nabi singwis kawutahaké wiwit nalika bumikatitahaké,51 iya wiwit saka getihé Abil ngantigetihé Zakharia, sing dipatèni ana ingantarané mesbèh lan Pedalemané Allah,kuwi kabèh bakal katempuhaké maranggolongané wong Farisi lan para ahli Torètiki.52Cilaka kowé, para ahli Torèt! Kowépadha nyekel kuncining kawruh babTorèt, nanging kowé dhéwé padha orangèstokaké dhawuhé Torèt mau, malahwong sing kepéngin weruh isining Torètsing sanyatané, padha kokalang-alangi!"53Bareng Gusti Yésus tindak sakakono, para ahli Torèt lan wong Farisimau padha nepsu banget lan padhangala-ala marang Gusti Yésus. Sawisékuwi wong-wong mau padha nggolèki

LUKAS 11.54–12.4 99

kesalahané Gusti Yésus srana ngajokaképitakonan pirang-pirang bab prekararupa-rupa.54Wong-wong mau padha nastitèkaképangandikané Gusti Yésus, supaya bisakrungu yèn ana tembungé Gusti Yésus,sing kena digawé dhadhakan kanggonyekel Panjenengané.

121Nalika semono éwon cacahéwong sing padha nglumpuk

nganti padha suk-sukan. Gusti Yésusbanjur memulang; sing ditengenakémurid-muridé. Pangandikané: "Padhadiawas mungguh raginé wong Farisi,yakuwi enggoné padha lamis.2Samubarang sing ditutup-tutupi bakalkaton, lan samubarang sing digawé wadibakal kawiyak.3Apa sing kokkandhakaké ing wayahbengi kuwi bakal keprungu ing wayahawan. Lan apa sing kokbisikaké marangwong ing kamar sing kancingan, bakaldiwartakaké marang wong kabèh."4Gusti Yésus ngandika: "Kowé paramitra-Ku! Aja padha wedi marang wong-wong sing bisa matèni badan, nangingsawisé kuwi ora bisa ngganggu-gawékowé.

LUKAS 12.5–10 1005Kowé padha Dakkandhani sapa singkudu kokwedèni. Padha wedia marangGusti Allah! Sebab Panjenengané kuwisawisé matèni badanmu, uga kwasanyemplungaké kowé ana ing nraka!Mulané élinga, iya Panjenengané kuwising kudu kokwedèni.6Manuk emprit yèn diedol rak presasatora ana ajiné? Éwasemono ora ana sijiwaé sing disupèkaké déning Gusti Allah.7Malah dalasan rambuté sirahmu kuwiGusti Allah pirsa cacahé. Mulané ajapadha wedi. Ajimu rak ngungkuli manukemprit pirang-pirang."8 "Kowé ngandela karo singDakkandhakaké iki: Sapa singngaku dadi murid-Ku ana ing ngarepingumum, wong kuwi bakal diakoni ugadéning Putraning Manungsa ana ingngareping para malaékaté Gusti Allah.9Nanging sapa sing ana ing ngarepingumum kandha yèn dhèwèké kuwi orakenal karo Aku, wong kuwi iya bakaldisélaki déning Putraning Manungsa anaing ngarepé para Malaékaté Allah.10Sing sapa ngucapaké tembung singnglawan marang Putraning Manungsa,kuwi bakal diapura; nanging sing sapa

LUKAS 12.11–15 101

nyenyamah marang Sang Roh Suci, kuwibakal ora diapura.11Yèn kowé digawa menyang sinagogéarep diadili déning pradataningpasamuwan utawa pangwasa, kowé ajawedi apa sing arep kokaturaké, kanggombélani prekaramu.12Sebab ing wektu kuwi uga Sang RohSuci bakal ngosikaké apa sing kudukokaturaké."13 Ing antarané wong akèh sing padhangrungokaké piwulangé Gusti Yésusmau, ana sing nuli matur mengkéné:"Guru, Panjenengan ndhawuhanasedhèrèk kawula, supados nyukakakenwarisan ingkang dados hak kula."14Pangandikané Gusti Yésus: "Sedulur,sapa sing ngangkat Aku dadi hakimkanggo nengahi enggonmu padhangedum warisan?"15Gusti Yésus nuli ngandika marangwong kabèh sing ana ing kono: "Padhasing awas lan dingati-ati bab watakkarem bandha. Sebab senajan wongduwé bandha akèh, éwasemono uripéwong mau ora gumantung ing bandhakuwi."

LUKAS 12.16–21 10216Gusti Yésus nuli maringi pasemonmengkéné: "Ana wong sugih duwélemah akèh tur loh banget, mulané asilélemah mau iya akèh banget.17Wong sugih mau ngunandikamengkéné: ‘Apa sing saiki preludaktindakaké? Aku wis ora duwé papankanggo nyimpen pametuné lemahkukabèh.18Saiki beciké mengkéné: Gudhang-gudhangku dakbungkaré, dakgawénésing luwih gedhé menèh. Gudhang-gudhang mau bakal amot kanggonyimpen pametuné lemahku lanbandhaku liya-liyané.19Sawisé kuwi atiku lagi bisa ayemlan bisa muni: Begja aku! Simpenankuwis akèh, cukup dipangan ngantipirang-pirang taun. Aku wis ora susahmikir apa-apa menèh! Kari mangan,ngombé lan seneng-seneng!’20Nanging Gusti Allah ngandika marangwong mau: ‘Kowé wong keblinger! Bengiiki uga kowé bakal mati! Lan kabèhsing kokcawisaké kanggo awakmu, kuwimengkoné sapa sing nduwèni?’"21Gusti Yésus mungkasi pasemonmau srana ngandika: "Mengkono kuwi

LUKAS 12.22–26 103

kaanané wong sing tansah nglumpukakébandha kadonyan kanggo awaké dhéwé,nganti sugih banget; nanging anaing paningalé Gusti Allah wong maubabar-pisan ora sugih."22Gusti Yésus nuli ngandika marangpara muridé: "Padha gatèkna pitutur-Kuiki: Aja padha nyumelangaké babpanguripanmu, yakuwi bab apa singbakal kokpangan, lan apa sing bakalkokenggo.23Urip kuwi luwih aji ketimbang karopangan, lan badan luwih aji ketimbangkaro sandhang.24Coba delengen manuk gagak.Manuk-manuk kuwi ora padha nyebar lanora padha derep, lan iya padha ora duwégudhang utawa lumbung kanggo nandhopangan, éwasemono padha diparingipangan déning Gusti Allah. Kowé rakluwih aji ketimbang karo manuk-manukmau!25Sapa ing antaramu sing bisanyambung umuré srana enggonékuwatir?26Yèn prekara sing sepélé kayamengkono waé kowé wis orabisa nindakaké, yagéné kowé

LUKAS 12.27–31 104

koknyumelangaké prekara-prekaraliyané?27Padha tamatna kembang bakungsing padha thukul ana ing ara-ara.Kembang-kembang kuwi padha oranyambut-gawé lan ora nenun. Nangingdelengen, senajan Sang Prabu Sulémanpisan, sing kaya mengkono sugihé,agemané ora ana sing éndahé ngungkulikembang-kembang mau!28Semono uga suket sing ana ingara-ara, sing dina iki thukul lan sésukdiobong. Gusti Allah ngrengga suket-suket mau kaya mengkono éndahé. Apamenèh kowé. Gusti Allah bakal luwihmenggalih bab sandhanganmu. Nangingkowé dhasar cupet ing pengandel!29Mulané aja padha sumelang lanaja padha bingung bab apa sing bakalkokpangan lan kokombé.30Wong sing ngangsa marang barang-barang mau rak wong sing padha orawanuh marang Gusti Allah. Ramamu ingswarga rak wis pirsa yèn barang-barangmau kokbutuhaké!31Sing kudu luwih kokprelokaké yakuwimikiraké kepriyé bisané mbangun-turut marang kersané Kratoné Allah.

LUKAS 12.32–37 105

Nuli barang liya-liyané kabèh bakalkawuwuhaké déning Panjenenganémarang kowé."32 "Kowé pepanthan cilik, aja padhawedi. Sebab Ramamu ing swargangersakaké kowé padha dadi umat ingKratoné.33Barang-darbèkmu padha edolanalan pepayoné wènèhna marang wongmiskin. Padha gawéa wadhah raja-branasing ora bisa rusak, lan bandhamusimpenen ana ing swarga. Ana ing konokasugihanmu bakal ora kalong, sebabora bakal dicolong maling, utawa rusakmerga dipangan renget.34Awit ing ngendi dunungé bandhamu,iya ing kono dununging atimu."35 "Kowé kudu tansah siyaga ngadhepisamubarang prekara. Klambimucancutna lan diyanmu panjeren.36Ora béda kaya abdi sing ngentènikonduré bendarané saka péstanéwong mantu. Yèn bendarané rawuhlan thothok-thothok lawang, abdi mauénggal-énggal mbukakaké.37Begja abdi sing sarawuhé bendaranéketemu isih melèk. Ngandela, bendarané

LUKAS 12.38–43 106

mau sawisé salin ageman, nuli bakalngajak abdi mau kembul dhahar.38Apa menèh yèn rawuhé bendaranémau nganti tengah wengi utawa ésukumun-umun, mangka abdi mau ketemuisih padha melèk. Abdi sing mengkonokuwi begja temenan.39Élinga! Saupama wong sing duwéomah ngerti, jam pira malingé bakalteka, wong mau mesthi bakal ikhtiyarsupaya malingé ora mlebu ing omahé.40Mulané kowé tansah padha siyagaa,awit Putrané Manungsa bakal rawuh ingwektu sing ora kanyana."41Pétrus banjur matur: "Gusti, menapapasemon menika katujokaken dhatengkawula sakanca, menapa dhateng tiyangsedaya?"42Gusti Yésus ngandika: "Abdi singkepriyé sing diarani setya lan pinter?Yakuwi sing dipasrahi déning bendaranéngepalani kanca-kancané padha abdi,lan kajibah mènèhi cadhongé abdi-abdi liyané mau ing wektu sing wisditemtokaké.43Begja temenan abdi sing sarawuhébendarané ketemu nglakoni kewajibané.

LUKAS 12.44–48 10744Ngandela, bendarané mau bakalmitayakaké bandhané kabèh marangabdi mau.45Nanging saupama abdi mau mosik ingatiné: ‘Bendaraku enggoné kondur isihsuwé!’ Nuli nindhes marang abdi-abdilanang lan wadon, nanging dhèwèkédhéwé malah énak-énak mangan lanngombé nganti mendem,46abdi mau bakal cilaka. Sebab ingdina sing ora dinyana-nyana, bendaranébakal rawuh. Abdi mau bakal diukum,manut paukumané wong sing ora setya.47Awit abdi sing ngerti apa singdikersakaké déning bendarané, mangkaora siyaga lan ora nglakoni kersanébendarané, abdi mau bakal dipecutimarambah-rambah.48Nanging abdi sing ora ngertikersané bendarané, mangka sajronénindakaké kersané bendarané mau gawékeluputan, sing marakaké wong maudiukum, ukumané bakal ènthèng. Sebabsing sapa diparingi akèh, kuwi bakaldipundhuti akèh, lan sing sapa dipasrahiprekara akèh, uga bakal dipundhutipétungan akèh."

LUKAS 12.49–55 10849 "Teka-Ku ngurubaké geni ana ingbumi, lan iba seneng-Ku yèn geni kuwibisa murub!50Nanging Aku isih kudu nglakonikabaptis. Aku durung bisa ayem yènbaptisan mau durung kelakon.51Apa kokkira teka-Ku ing donya kuwinggawa katentreman? Ora babar-pisan.Malah teka-Ku nuwuhaké crah.52Wiwit saiki yèn sabrayat anawong lima, wong mau bakal padhacecongkrahan, sing telu nglawan singloro, lan sing loro nglawan sing telu.53Kabèh bakal padha crah, bapak karoanaké lanang, lan anak lanang karobapakné. Ibu karo anaké wadon, lananak wadon karo ibuné. Ibu maratuwakaro mantuné wadon, lan mantu wadonkaro ibuné maratuwa."54Gusti Yésus ngandika marang wongakèh: "Menawa kowé weruh ing sisihKulon langité mendhung, kowé terusbisa kandha: ‘Mengko bakal udan.’ Lanbanjur udan temenan.55Déné yèn kowé weruh anginé tekanésaka Kidul, kowé terus muni: ‘Wah dinaiki bakal panas.’ Lan iya kelakon panastemenan.

LUKAS 12.56–13.2 10956Kowé dhasar wong lamis! Kowéngerti tandha-tandha sing ana ing langitlan tandha-tandha sing ana ing bumi.Yagéné kowé ora ngerti tandha-tandhanéjaman iki?"57 "Yagéné kowé kokora netepi apa singbener tumrap awakmu dhéwé?58Yèn ana wong sing nggugat kowéana ing pengadilan, ngudia supayaprekaramu bisa rampung karo wongsing nggugat mau, sadurungé kowétekan pengadilan. Yèn ora mengkono,wong mau bakal masrahaké kowémarang hakim; hakim bakal masrahakékowé marang polisi, lan polisi bakalnglebokaké kowé ing tahanan.59Ngandela! Kowé ora bakal metu sakatahanan kono yèn utangmu durungkoklunasi kabèh."

131Nalika semana ana wong singpadha nyritakaké marang Gusti

Yésus, bab wong Galiléa sawetara singdipatèni déning Gubernur Pilatus, nalikawong mau lagi padha saos kurbanmarang Gusti Allah.2Nanggapi crita mau Gusti Yésusngandika: "Apa pengiramu wong Galiléasing padha dipatèni kaya mengkono mau

LUKAS 13.3–8 110

dosané luwih gedhé ketimbang karowong-wong Galiléa liyané?3Ora mengkono! Ngertia, yèn kowéora padha mratobat saka dosa-dosamu,kowé uga bakal mati kaya wong-wongkuwi.4Utawa menèh, apa pengiramu wongwolulas, sing padha mati kerubuhanmenara ing Siloam kaé, dosané luwihgedhé ketimbang karo wong-wong ingkutha Yérusalèm kabèh?5Ora! Nanging ngandela, yèn kowépadha ora mratobat, kowé uga bakaltiwas kaya wong-wong mau."6Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli paringpasemon mengkéné: "Ana wong duwéwit anjir ana ing pakebonané. Wong maunggolèk wohé, nanging ora olèh siji-sijia.7Mulané wong mau banjur kandhakaro tukang keboné: ‘Wis telung taunlawasé enggonku ngarep-arep pametunéanjir iki, nanging ora tau awoh siji-sijia.Mulané wit iki tegoren waé. Sebabapa gunané wit iki urip, tiwas mungngentèkaké lemèn sing ana ing lemahwaé.’8Nanging tukang kebon mau matur:‘Ndara kajengipun wit menika gesang

LUKAS 13.9–14 111

setaun malih. Kula badhé damel kalènansaubenging wit, lajeng kula isèni rabuk.9Saged ugi srana mekaten, taunngajeng wit menika purun awoh.Nanging menawi mboten, prayogimenawi wit menika kategor kémawon.’"10Sawijining dina Sabbat, Gusti Yésusmemulang ana ing sinagogé.11 Ing kono ana wong wadon sing wiswolulas taun lawasé kepanjingan dhemit,sing marakaké wong mau gegeré orabisa jejeg, dadiné wungkuk.12Nalika Gusti Yésus pirsa wong wadonmau, nuli ditimbali, pangandikané: "Ibu,kowé saiki warasa!"13Gusti Yésus nuli numpangaké astanéing wong mau, lan sanalika iku ugagegeré wong wadon mau dadi jejeg,mula banjur ngluhuraké Asmané Allah.14Nanging kocapa, kepalané sinagogékono nepsu banget, jalaran Gusti Yésusmarasaké wong ing dina Sabbat. Kepalasinagogé mau muni-muni marangwong-wong sing ana ing kono: "Ananem dina kanggo nyambut-gawé. Padhatekaa ing dina-dina kuwi. Aja ing dinaSabbat."

LUKAS 13.15–20 11215Gusti Yésus ngandika marangkepalané sinagogé mau mengkéné:"Kowé kuwi wong lamis! Ing dina Sabbatkowé apa ora padha nggawa sapimuutawa kuldimu saka kandhang, lankatuntun metu prelu kokombèni?16 Iki ana wong wadon, anak-turunéAbraham sing wis wolulas taun lawasédibanda déning Iblis. Apa wong kuwi oraolèh diuculi saka bebandané Iblis ingdina Sabbat?"17Krungu wangsulané Gusti Yésus singmengkono mau, wong kabèh sing padhanglawan Panjenengané, padha kisinan.Nanging wong-wong liyané padhabungah weruh lelakon ngéram-éramakésing ditindakaké déning Gusti Yésus.18Gusti Yésus ngandika: "Kepriyéenggoné Gusti Allah nindakaké KratonéAllah? Kena Dakupamakaké apa?19Kratoné Gusti Allah kuwi kaya wijisawi cilik banget sing ditandur. Wijisawi kuwi thukul, banjur dadi wit, lanmanuk-manuk padha gawé susuh anaing pang-pangé."20Gusti Yésus ngandika menèh:"Kratoné Allah kuwi kena Dakupamakakéapa?

LUKAS 13.21–26 11321Kuwi kaya ragi sing dijupuk wongwadon, nuli dicarubaké karo glepungtrigu telung taker, nganti ragi maumrasuk ing adonan kabèh."22Tindaké Gusti Yésus menyang kuthaYérusalèm ngliwati kutha-kutha landésa-désa. Ing panggonan-panggonansing diliwati mau Panjenenganémemulang.23Nuli ana wong nyuwun pirsa: "Guru,menapa cacahipun tiyang ingkangkawilujengaken menika namungsekedhik?" Pangandikané Gusti Yésus:24 "Padha ngudia mlebu liwat lawangsing ciyut. Ngertia, yèn akèh wong singpadha ngudi liwat lawang sing ciyutmau, nanging ora bisa.25Yèn wis tekan mangsané singkagungan dalem bakal jumeneng sartanutup lawangé. Kowé bakal ngadeg anaing njaba sarta thothok-thothok karomatur: ‘Gusti, kawula kabikakna kori!’Nanging sing kagungan dalem mau bakalmangsuli: ‘Aku ora wanuh, kowé kuwisapa!’26Kowé bakal mangsuli: ‘Gusti, kawulasampun nedha lan ngombé sesarengankaliyan Panjenengan, lan Panjenengan

LUKAS 13.27–31 114

inggih sampun mucal wonten ing kithakawula!’27Nanging sing kagungan dalem maubakal mangsuli menèh: ‘Aku ora ngertikowé kuwi sapa! Padha lungaa sakakéné, hèh wong sing padha nglakonipiala!’28Kowé bakal padha weruh Abrahamlan Iskak lan Yakub tuwin para nabikabèh, padha ana ing Kratoné GustiAllah, nanging kowé dhéwé bakalditundhung metu saka ing dalem kono.Kowé bakal nandhang sangsara lankeduwung!29Bakal ana wong padha teka sakaing Wétan lan Kulon, saka ing Lor lanKidul, lan padha bungah-bungah ana ingKratoné Gusti Allah.30 Ing dalemé Gusti Allah kono anawong sing tekané kèri, nanging mlebunédhisik, lan ana sing tekané dhisik,nanging mlebuné kèri."31Nalika semana iya ana wong Farisisawetara sing padha sowan ing ngarsanéGusti Yésus lan matur: "Kula kintenprayogi menawi Panjenengan tindakkémawon saking ngriki, jalaran Sang

LUKAS 13.32–35 115

Prabu Hérodès ngangkah badhé nyédaniPanjenengan."32Gusti Yésus ngandika: "Lungaa,kandhakna marang ‘kancil’ kuwi, ‘Dinaiki lan sésuk Aku nundhungi dhemitlan marasaké wong lara, nanging ingtelung dinané Aku bakal ngrampungaképegawéan-Ku.’33Dadi Aku bakal mbacutaké laku-Kuing dina iki, sésuk lan sésuk embèn,sebab ora samesthiné nabi dipatèni oraana ing kutha Yérusalèm.34Yérusalèm, Yérusalèm! Kowé singmatèni nabi-nabi. Lan wong-wong singpadha diutus nemoni kowé, padhakokbenturi watu. Kaya apa enggon-Ku saben-saben arep nglumpukakéanak-anakmu kaya babon enggonénglumpukaké kuthuk-kuthuké ana ingsangisoré swiwiné, nanging kowé orangolèhaké!35Saiki omahmu bakal ditinggalsuwung. Kowé bakal ora ndelengAku menèh, nganti tekan wektunékowé padha ngucap: ‘BinerkahanaPanjenengané kang rawuh atas AsmanéPangéran.’"

LUKAS 14.1–7 116

141 Ing sawijining dina Sabbat,Gusti Yésus tindak arep dhahar

ing omahé wong Farisi sing misuwur.Wong sing ana ing kono kabèh padhangulataké Gusti Yésus.2Banjur ana wong sing tangan lan sikiléabuh, marek ing ngarsané Gusti Yésus.3Gusti Yésus nuli ndangu marang paraahli Torèt lan wong-wong Farisi: "KitabTorèt marengaké wong lara diwarasakéana ing dina Sabbat apa ora?"4Sing padha didangu ora mangsuli.Gusti Yésus nuli ngasta wong singlara mau, banjur diwarasaké, sartadidhawuhi lunga.5Panjenengané banjur ngandikamarang para ahli Torèt lan wong Farisimau: "Menawa ing antaramu ana wongsing duwé anak utawa sapi, sing pinujudina Sabbat kacemplung ing sumur, apawong mau ora énggal-énggal ngentasakéanaké utawa sapiné mau ing dina Sabbatkuwi uga?"6Nanging para ahli Torèt lan wong Farisimau ora ana sing bisa mangsuli.7Gusti Yésus pirsa ana tamu sawetarasing milih papan lungguh ana ing ngarep

LUKAS 14.8–12 117

dhéwé. Mulané Panjenengané nulingandika mengkéné:8 "Menawa kowé diulemi jagongmantèn, kowé aja linggih ing papan singana ngarep dhéwé, awit mbokmenawasing duwé gawé wis ngulemi wong singluwih diajèni tinimbang kowé.9Supaya wong sing ngulemi kowé mauora akon kowé: ‘Kula aturi pindhahsaking ngriki, awit papan menikakasediyakaken kanggé tamu sanès.’ Yènmengkono, apa kowé ora kewirangan,lan kepeksa lungguh ing papan sing asordhéwé?10Mulané, yèn kowé diulemi jagong,padha lungguha ing papan sing asordhéwé, supaya sing duwé gawé maranikowé lan muni: ‘Mangga, kula aturilenggah ing ngajeng.’ Temahan kowékaton enggonmu kajèn ana ing ngarepépara tamu liyané.11Sebab sapa sing ngluhuraké awakédhéwé, kuwi bakal diasoraké, lan singsapa ngasoraké awaké, kuwi bakaldiluhuraké."12Gusti Yésus nuli ngandika marangwong sing ngulemi Panjenengané: "Yènkowé ngulemi mangan, awan utawa

LUKAS 14.13–17 118

bengi, aja mung ngulemi kanca-kancamuutawa sedulur-sedulurmu, utawa sanak-kadangmu, utawa tangga-teparomusing sugih. Awit wong-wong mau bakalmales gentèn ngulemi kowé. Lan sranamengkono kowé wis nampa piwalesépenggawému.13Nanging yèn kowé nganakaké pésta,ngulemana wong sing mlarat, wongcacad lan wong lumpuh apa déné wongwuta,14 lan kowé bakal nampa berkah;sebab wong-wong mau ora bakalmales apa-apa marang kowé. Kowébakal nampa opahmu saka Pangéran,mbésuk samangsa wong mursid padhakatangèkaké."15Krungu pangandikané Gusti Yésussing mengkono mau, nuli ana sawijiningtamu sing matur: "Saiba begjanipuntiyang-tiyang ingkang kepareng tumutnedha wonten ing Kratonipun Allah!"16Gusti Yésus banjur paring pasemonmengkéné: "Ana wong nganakaké péstagedhé, sarta ngulemi wong akèh.17Ngarepaké pésta mau diwiwiti, wongmau ngutus utusan-utusan maraniwong-wong sing padha diulemi, karo

LUKAS 14.18–22 119

matur: ‘Sami kula aturi rawuh, awitsamukawis sampun cumawis.’18Nanging wong kabèh sing padhadiulemi mau siji-siji padha nyuwundipamitaké waé. Wong sing sepisan munikaro utusan mau: ‘Aku lagi waé tukupalemahan, saiki aku arep lunga ndelengpalemahan mau. Suwunna pamit waé,awit aku ora bisa teka.’19Wong liyané muni: ‘Aku lagi tuku sapilimang rakit. Saiki aku arep mrana, njajalsapi-sapi mau kanggo nyambut-gawé.Dadi aku suwunna pamit waé, awit akuora bisa teka!’20Uleman liyané menèh muni: ‘Aku lagiwaé dadi mantèn, mulané aku ora bisateka.’21Wong sing diutus mau nuli bali sartamatur marang bendarané bab kuwi maukabèh. Ngrungu aturé utusan, bendaranémau duka banget, banjur ngandika:‘Saiki énggal-énggal padha lungaamenyang dalan-dalan lan lurung-lurunging kutha, sarta jaken mréné kabèhwong miskin, wong cacad, wong wutalan wong lumpuh.’22Ora let suwé abdi mau nuli bali sartamatur marang bendarané: ‘Dhawuh

LUKAS 14.23–28 120

panjenengan sampun kawula lampahi,éwasemanten papanipun taksih tirahkathah.’23Bendarané mau nuli dhawuh: ‘Lungaamenyang dalan-dalan njaba kutha,lan angger wong ulemana teka ingpahargyan, supaya omahku kebak.24Ngandela, wong sing padha dakulemidhisik mau siji waé ora ana sing bakalmèlu ngrasakaké suguhanku.’"25Nalika ana wong akèh padhagumrudug ndhèrèkaké tindaké GustiYésus, Panjenengané minger sartangandika:26 "Sing sapa arep dadi murid-Ku, kudugelem kélangan bapakné, ibuné, bojoné,anak-anaké, sedulur-seduluré lanang lanwadon, malah iya kudu kélangan awakédhéwé.27Sing sapa ora manggul salibédhéwé lan ngetutaké Aku, ora bisa dadimurid-Ku.28Yèn ing antaramu ana wongngrancang arep ngedegaké menara,wong kuwi luwih dhisik kudu ngétung,pira bakal ragadé menara mau, supayangerti dhuwité cukup apa ora kanggongragadi sarampungé.

LUKAS 14.29–35 12129Yèn ora mengkono, wong mausawisé gawé pondhasi, jebul ora bisangrampungaké menarané. Temahansaben wong sing weruh, bakal padhanggeguyu wong mau,30 sarta muni: ‘Wong kuwi bisawiwit mbangun, nanging ora bisangrampungaké.’31Yèn ana ratu sing duwé prejuritsaleksa arep perang merga dilurug ratuliyané sing duwé prejurit rong leksa, aparatu sing kasebut dhisik mau ora arepmikir-mikir, apa wadyabalané cukupkanggo nglawan mungsuhé?32Yèn cetha ora kuwat, ratu mau kudungutus utusan methukaké ratu singnglurug, nyuwun pirsa sarat-saratébedhamèn, mumpung mungsuh maudurung tekan kono."33Gusti Yésus nuli mungkasipangandikané mengkéné: "Semono ugawong bisa dadi murid-Ku, mung yèngelem kélangan sabarang-darbèké."34 "Uyah kuwi pancèn prayoga, nangingmenawa ilang rasané, kepriyé bisanémulihaké asiné?35Uyah mau wis ora ana gunané,senajan tumrap lemah utawa kanggo

LUKAS 15.1–6 122

rabuk pisan. Apiké mung dibuwang. Singsapa duwé kuping padha ngrungokna!"

151 Ing sawijining dina akèh pegawépajeg lan wong sing dianggep

ala déning masarakat, padha tekangrungokaké piwulangé Gusti Yésus.2Wong Farisi lan para ahli Torèt banjurpadha pating kedumel, pangucapé:"Yésus kokgelem nampani wong alamalah gelem mangan bareng karo wongkuwi."3Mulané Gusti Yésus nuli maringipasemon mengkéné:4 "Saupama ing antaramu ana wongsing duwé wedhus gibas satus singsiji ilang; apa sing ditindakaké déningwong mau? Wong mau mesthi bakalninggal wedhusé sing sangang puluhsanga ana ing pangonan, sarta lunganggolèki wedhus siji sing ilang mau,nganti ketemu.5Bareng ketemu wong mau bungahbanget; wedhusé nuli dipanggul,6digawa mulih. Sawisé kuwi wong maunuli ngundangi tangga-teparoné, padhadikandhani: ‘Aku bungah banget, dénéwedhusku sing ilang saiki wis ketemu.Mulané ayo padha bungah-bungah.’

LUKAS 15.7–12 1237Ngandela, kaya mengkono ugakaanané ing swarga. Para malaékatbakal padha bungah banget merga anawong dosa siji sing mratobat, ketimbangkaro wong sangang puluh sanga sing orasusah mratobat."8 "Yèn ana wong wadon sing duwédhuwit dirham sepuluh, mangka ilangsiji, wong mau apa ora nuli nyumedlampu lan nyaponi omahé, banjurnggolèki kanthi njlimet, nganti dirhamsing ilang mau ketemu?9Bareng wis ketemu, wong wadon maunuli bakal ngundang kanca-kancané lantangga-teparoné, padha dikandhani:‘Ayo padha bungah-bungah karo aku,sebab dirhamku sing ilang saiki wisketemu.’10Ngandela, kaya mengkono ugapara malaékaté Allah bakal padhabungah-bungah, yèn ana wong dosa sijiwaé sing mratobat."11Gusti Yésus mbacutaké enggonéngandika: "Ana wong duwé anak lanangloro.12Anak sing ragil matur marangbapakné: ‘Bapak, keparenga kulanyuwun bagéan kula saking sedaya

LUKAS 15.13–17 124

ingkang badhé panjenengan warisaken.’Bapakné mau nuli mbagé barangdarbèké marang anaké loro.13Let sawetara dina menèh anak singragil mau nuli ngedoli barang darbèkésing dadi bagéané. Nuli lunga menyangnegara manca, dhuwité digawa kabèh.Ana ing kana dhuwité diebrèh-ebrèh,dienggo nguja kasenengané,14nganti dhuwité mau entèk ludhes.Kacrita ing negara kono ana pailangedhé, mangka bocah mau wis ora duwéapa-apa.15Mulané nuli mondhok ing omahéwong pribumi, lan dikon nyambut-gawéana ing panggonané wong mau,ngrumati babi.16Sarèhné ora diwènèhi pangan, bocahmau kaliren. Kaya apa kepénginé maregiwetengé srana ampas, sisa panganébabi. Éwasemono ora ana wong singmènèhi.17Bocah mau nuli éling marangkaanané dhéwé lan nggrahita: ‘Buruhébapakku pirang-pirang, lan kabèh padhabisa mangan sawaregé, mangka aku anaing kéné nganti kaliren.

LUKAS 15.18–23 12518Apiké aku dakbali menyang dalemébapak, karo matur: Bapak, kula sampundamel dosa dhateng Gusti Allah landhateng Bapak.19Kula sampun mboten panteskawastanan putranipun Bapak. Mugidipun anggep berah kémawon.’20Bocah mau nuli ngadeg, banjur mulihmenyang omahé bapakné. Nalika isihadoh, bapakné wis weruh klédhangéanaké. Bapakné mau trenyuh atinémerga saka welasé. Anaké nuli diplayoni,banjur dirangkul lan diambungi.21Bocah mau nuli matur: ‘Bapak, kulasampun nglampahi dosa dhateng GustiAllah lan dhateng Bapak. Kula sampunmboten pantes kawastanan putranipunBapak.’22Nanging bapakné nimbali paraabdiné lan didhawuhi mengkéné: ‘Énggalnjupuka jubah sing apik dhéwé lanenggokna. Drijiné enggonana ali-ali,sarta sikilé enggonana sepatu.23Nuli njupuka pedhèt sing lemu,sembelèhen. Ayo, kita padha nganakaképésta.

LUKAS 15.24–29 12624Sebab anakku iki wis mati, saiki uripmenèh; wis ilang, saiki ketemu!’ Banjurwong saomah padha bungah-bungah.25Nalika semana anak sing mbarep isihana ing pategalan. Bareng mulih lansaya cedhak ing omahé, krungu swaranégamelan lan sindhénan.26Bocah mau nuli ngundang sawijiningabdi, sarta takon: ‘Ing omah lagi anaapa?’27Wangsulané abdi mau: ‘Ndara, kengrayi sampun wangsul! Pramila ingkangRama lajeng dhawuh mragat lembuingkang saé piyambak, awit putranipunsampun wangsul kanthi wilujeng!’28Bareng krungu aturé abdi kuwi, anaksing mbarep mau nepsu banget, lan oragelem mlebu omah. Bapakné nuli metunemoni sarta ngarih-arih anaké singnepsu mau.29Nanging anaké malah matur:‘Pinten-pinten taun laminipun kulanyambut-damel setengah pejah kagemBapak, mekaten ugi kula mboten natémbangkang ing dhawuhipun Bapak.Éwasemanten menapa Bapak natémaringi menapa-menapa dhatengkula? Ménda ingkang supados kénging

LUKAS 15.30–16.2 127

kula anggé bingah-bingah kaliyankanca-kanca kula, setunggal kémawonmboten naté.30Nanging pun ragil menika sampunnelasaken bandhanipun Bapak sedayakanggé nyundel, mangka sawegkémawon dhateng, Bapak sampunmragataken pedhèt leman kanggépiyambakipun.’31Bapakné nuli mangsuli: ‘Anakku,enggèr, kowé kuwi rak salawasé ana ingkéné karo aku. Déné apa saduwèkkukuwi rak iya duwèkmu.32Wektu iki wis samesthiné kita kabèhpadha bungah-bungah, sebab adhimuwis mati urip menèh, wis ilang, ketemu!’"

161Gusti Yésus ngandika marangpara sekabaté: "Ana wong sugih

duwé Juru-gedhong.e Wong sugih maunampa wadulan yèn juru-gedhongéngebrèh-ebrèh barangé bendarané.2Mulané nuli diundang lan dikandhanimengkéné: ‘Aku krungu bab tumindakmusing ora bener. Saiki kowé gawéa lapuranbab mlebu metuné bandha singdakprecayakaké marang kowé. Wiwit

eJuru-gedhong: Tiyang ingkang dipun pitadosngreksa raja-brana.

LUKAS 16.3–8 128

saiki kowé daklèrèni enggonmu dadijuru-gedhongku.’3Wong mau nuli mikir: ‘Yèn akudilèrèni, banjur aku arep nyambut-gawéapa? Macul, aku ora kuwat, mangkangemis aku isin.4Beciké ngéné waé. Yèn aku dilèrèni,aku kudu duwé mitra akèh sing gelemngukup aku ana ing omahé!’5 Juru-gedhong mau nuli ngundangisaben wong sing duwé utang karobendarané. Wong sing kapisan ditakoni:‘Utangmu marang bendaraku pira!’6Wangsulané sing ditakoni: ‘Lisahzaitun satus drum.’ Juru-gedhong maunuli kandha marang sing utang mau:‘Wis iki layangmu utang. Saiki linggiha,gawéa layang utang liyané, lan énggaltulisen sèket drum.’7Wong sing kapindho ditakoni: ‘Lhakowé utangmu pira?’ Wangsulanéwong mau: ‘Gandum satus rembat.’Juru-gedhong nuli kandha: ‘Enya ikilayangmu utang. Gawéa layang utangliyané. Tulisen: wolung puluh pikul.’8 Juru-gedhong mau dialem déningbendarané, merga duwé akal singmengkono mau, sebab wong kadonyan

LUKAS 16.9–13 129

mono yèn ngurus apa-apa, akaléngungkuli para wong mursid."9Gusti Yésus nuli ngandika:"Tembungku iki rungokna. Bandhakadonyan kuwi enggonen golèk mitra,supaya yèn bandha mau entèk, kowébanjur ditampani ana ing omah singlanggeng.10Sing sapa tumemen marang prekarasing cilik, wong kuwi uga kena diprecayaing prekara sing gedhé. Nanging singsapa ora tumemen ing prekara sing cilik,wong kuwi iya ora tumemen ing prekarasing gedhé.11Dadi yèn kowé ora tumemen tumrapbandha kadonyan iki, sapa sing bakalmitayakaké marang kowé bandhakaswargan?12Lan menawa kowé ora tumementumrap barangé wong liya, sapa singarep mènèhaké barangmu marangkowé?13Ora ana wong sing bisa ngrangkepngladèni bendara loro. Sebab wong maubakal sengit marang bendara sing siji,lan nresnani marang bendara sijiné,utawa setya marang bendara sing siji,lan ngrèmèhaké marang bendara sijiné.

LUKAS 16.14–18 130

Kowé ora bisa ngawula marang GustiAllah lan uga ngawula marang Mamon."14Wong Farisi padha krungu apa singdingandikakaké déning Gusti Yésus maukabèh, mulané padha mèncep, sebabwong-wong mau padha karem bandha.15Nanging Gusti Yésus ngandikamarang wong-wong mau: "Ana ingngarepaning manungsa kowé padha bisakandha yèn kowé kuwi bener, nangingGusti Allah pirsa apa sing ana ing jeronéatimu. Sebab apa sing dianggep pinunjuldéning manungsa, kuwi dianggep asorana ing ngarsané Gusti Allah.16Angger-anggering Torèt lan Kitab-kitabé para nabi kuwi mung kanggonganti tekan jamané Nabi YohanesPembaptis, wiwit wektu kuwi InjilKratoné Allah diwartakaké ana ingngendi-endi. Lan wong padha ngudisupaya bisa padha dadi umat ing KratonéAllah mau.17Langit lan bumi kuwi luwih gampangolèhé sirna, ketimbang karo batalé titiksiji waé ing Angger-anggering Torèt.18Saben wong sing megat bojoné,banjur rabi liyané, kuwi dadi laku jina;lan wong lanang sing ngrabèni wong

LUKAS 16.19–24 131

wadon sing dipegat mau, kuwi iya lakujina."19 "Ana wong sugih sing tansahmenganggo sarwa éndah, uripésedina-dina méwah.20Lan ana wong ngemis jenengéLasarus. Lasarus mau awaké sekojurgudhigen, nglésod ana ing régolingomahé wong sugih mau.21Karepé supaya diparingi mangansisané, lorodan saka méjané wong sugihmau. Nanging malah diparani asu-asusing nuli ndilati boroké Lasarus.22Ora wetara suwé Lasarus mati,nuli nyawané digawa déning malaékatmenyang swarga, cedhak RamaAbraham. Wong sugih mau uga mati, landikubur.23Ana ing kono wong sugih maunandhang sangsara luwih banget.Bareng ndeleng mendhuwur, wongsugih mau weruh Rama Abraham sakakadohan, lan Lasarus ana ing sisihé.24Wong sugih mau nuli nguwuh: ‘Dhuh,Rama Abraham! Mugi kersa melasikula. Kersaa ngutus Lasarus nyelupakendrijinipun wonten ing toya lan nètèsakentoya wau wonten ing ilat kula, supados

LUKAS 16.25–30 132

asrep. Kula nandhang sangsara sangetwonten ing latu murub menika!’25Nanging Rama Abraham mangsuli:‘Élinga nggèr, nalika urip ana ing donyakowé wis nampani samubarang singsarwa becik, mangka Lasarus mungnampani sing sarwa ora kepénak. Saikigentèn Lasarus nèngkéné kepénak, lankowé nandhang ora kepénak.26Kejaba saka kuwi, ing antaranéaku lan kowé ana jurang sing ora kenadiliwati, supaya wong saka kéné ora bisamrono, lan wong saka kono ora bisamréné.’27Wong sugih mau nuli matur: ‘Menawimekaten, Rama, kula nyuwun kanthisanget kersaa Rama ngutus Lasarusdhateng griyanipun bapak kula.28Sebab kula taksih gadhah sedhèrèkgangsal. Mugi-mugi sedhèrèk-sedhèrèkkula wau mbénjing mboten sami mlebeting papan kasangsaran menika.’29Nanging Rama Abraham mangsuli:‘Sedulur-sedulurmu kuwi rak wis padhaduwé kitab-kitabé Nabi Musa lan paranabi! Yakuwi sing kudu padha diturut!’30Éwasemono wong sugih mau isihnyambungi: ‘O, Rama, menika mboten

LUKAS 16.31–17.4 133

cekap. Nanging menawi wonten tiyangpejah ingkang gesang malih lan murugisedhèrèk-sedhèrèk kula wau, temtupara sedhèrèk kula lajeng sami badhémratobat.’31Nanging Rama Abraham mangsulimenèh: ‘Menawa sedulur-sedulurmu orapadha gelem ngrungokaké piwulangéNabi Musa lan para nabi liyané, mesthiiya ora bakal padha precaya, senajanana wong mati tangi saka ing pakuburanlan ngandhani wong-wong mau.’"

171Gusti Yésus ngandika marangpara muridé: "Tan kena ora

mesthi ana prekara-prekara sing njalariwong tumiba ing dosa, nanging cilakabanget wong sing mènèhi dhadhakan.2Luwih becik menawa wong singmengkono kuwi dikalungana watupenggilingan, banjur dicemplungakéana ing segara. Luwih becik mengkonoketimbang wong mau njalari wong-wongsing precaya padha gawé dosa.3Mulané padha diawas! Menawasedulurmu gawé dosa, welèhna. Yènwong mau nggetuni dosané, apuranen.4Upama wong mau gawé keluputanmarang kowé nganti kaping pitu sedina

LUKAS 17.5–10 134

lan saben gawé keluputan marani kowélan muni: ‘Aku keduwung’, wong mauapuranen."5Para rasul padha matur marangGusti Yésus: "Gusti! Kula sami nyuwuntambahing pitados."6Gusti Yésus ngandika: "Yèn kowéduwé pengandel sing gedhéné sawijisawi waé, kowé bisa akon wit anjiriki: ‘Rungkada lan tumanceba ana ingsegara’, mesthi wit mau bakal manutapa sing kokpréntahaké."7 "Saupama ing antaramu ana singduwé batur, sing kokkongkon mlukuutawa angon wedhus, apa sabaliné baturmau saka pegawéané nuli kokkandhani:‘Gèk énggal mangana?’8Mesthi ora! Malah kowé bakal muni:‘Aku tatakna mangan, nganggoasandhangan sing resik lan ngadhepa,nunggonana enggonku mangan ngantirampung; sawisé kuwi kowé mangana.’9Batur rak ora susah dialem mergaenggoné nglakoni pegawéan manutpréntahing bendarané?10Mengkono uga kowé. Yèn kowéwis nglakoni kabèh sing didhawuhakémarang kowé, kowé munia: ‘Aku iki

LUKAS 17.11–17 135

mung abdi lumrah, mung sadremanglakoni kuwajibanku.’"11Nalika Gusti Yésus mbacutaké tindakésaka kutha Yérusalèm, Panjenenganéngliwati tapel watesé daérah Samarialan daérah Galiléa.12Nalika Gusti Yésus mlebu ingsawijining désa, ana wong lara léprasepuluh sowan marang Panjenengané.Wong-wong mau padha ngadeg,13 sarta padha nguwuh-uwuh sakakadohan: "Rama Guru, kawula mugiPanjenengan welasi!"14Bareng Gusti Yésus pirsa wong-wong mau nuli ngandika: "Padhalungaa, awakmu padha priksaknamarang imam." Sajroné padha mlaku,wong-wong mau padha waras.15Bareng ana salah siji sing weruhyèn wis waras, dhèwèké nuli bali karomemuji Asmané Allah klawan swarasora.16Wong mau nuli sujud ing ngarsanéGusti Yésus sarta ngaturaké panuwun.Wong mau wong Samaria.17Gusti Yésus nuli ngandika: "Apa orawong sepuluh sing diwarasaké? Singsanga ana ing ngendi?

LUKAS 17.18–24 13618Apa sebabé déné malah wong mancakuwi sing bali lan ngaturaké panuwunmarang Gusti Allah?"19Gusti Yésus nuli dhawuh marangwong Samaria mau: "Ngadega, muliha,pangandelmu wis marasaké kowé."20Ana wong Farisi sawetara padhanyuwun pirsa marang Gusti Yésus, babmbésuk kapan enggoné Gusti Allahmiwiti Kratoné. Gusti Yésus ngandika:"Kratoné Allah kuwi ora diwiwiti sranapretandha-pretandha sing katon,21 sing nganti njalari wong muni: ‘Hé,delengen, iki Kratoné Allah!’ utawa: ‘Lah,kaé ana ing kana!’ Awit Kratoné Allahkuwi ana ing sajroné atimu."22Sawisé kuwi Gusti Yésus nulingandika marang para muridé: "Bakalana wektuné kowé padha kepénginnyipati dinaning Putrané Manungsa,nanging ora bisa.23Mbésuk bakal ana wong sing kandhamarang kowé, ‘Delengen ana ing kana’,utawa, ‘Delengen ana ing kéné!’ Kowéaja nggugu banjur metu nggolèki.24Ya kaya kilat enggoné cumlèrèt inglangit saka sisih kéné tekan sisih kana,

LUKAS 17.25–31 137

iya kaya mengkono bakal kaananédinaning Putrané Manungsa.25Nanging Panjenengané kudunandhang sangsara dhisik lan ditampikdéning wong-wong jaman saiki.26Padha kaya kaanané nalika jamanéNabi Nuh, kaya mengkono uga mbésukkaanané jamané Putrané Manungsa.27Wong bakal mangan lan ngombé,padha omah-omah lan mengkonosaterusé, nganti tekan dinané Nabi Nuhmlebu ing prauné lan banjiré teka, sartamatèni wong-wong kabèh mau.28Uga kaya dhèk jamané Lut. Wongpadha mangan lan ngombé, dol-tinuku,nenandur lan gawé omah.29Nanging nalika Lut metu saka kuthaSodom, ing dina kuwi uga geni lanwelirang tumurun saka langit ngobongwong kabèh.30Kaya mengkono uga mbésuk bakalkaanané dina ngetingalé PutranéManungsa.31Wong sing ing dina kuwi ana ingpayoné omah, aja medhun mlebu ingomah njupuk barang-barangé saka ingkono. Semono uga wong sing lagi anaing pategalan, aja padha bali ing omahé.

LUKAS 17.32–18.2 13832Padha élinga marang apa singkedadéan tumrap bojoné Lut.33Sing sapa ngudi arep nylametakéuripé, wong kuwi bakal kélangan uripsing sejati. Nanging sing sapa kélanganuripé, malah bakal nampa urip singsejati.34Ngandela Aku. Ing bengi kuwiyèn ana wong loro sing turu ana ingpeturon, sing siji bakal kajupuk lan sijinéditinggal.35Yèn ana wong wadon loro sing lagipadha nggiling gandum, sing siji bakaldijupuk lan sing sijiné ditinggal.36 [Yèn ana wong loro sing lagi ana ingpategalan, sing siji bakal dijupuk, lansijiné ditinggal.]"37Para murid padha nyuwun pirsa:"Wonten ing pundi, Gusti?" PangandikanéGusti Yésus: "Ing ngendi ana bathang,ing kono manuk gagak padha ngrompol."

181Sawisé kuwi Gusti Yésus nulimaringaké pasemon marang para

sekabaté, sing maksudé supaya tansahpadha ndedonga lan aja padha semplah.2Gusti Yésus ngandika: "Ing sawijiningkutha ana hakim sing ora wedi karoGusti Allah lan ora mreduli karo wong.

LUKAS 18.3–8 1393 Ing kutha kono uga ana randha singbola-bali nekani hakim mau lan nyuwunkaadilan tumrap enggoné prekaran,aturé: ‘Anggèn kawula prekawisankaliyan tiyang menika mugi panjenenganréncangi.’4Nganti sawetara lawasé hakim mauora gelem mbiyantu. Nanging wekasanéhakim mau nggagas mengkéné:‘Senajan aku ora wedi karo Gusti Allah,lan ora preduli karo wong,5nanging merga randha iki pijerteka waé ngganggu aku, luwih becikprekarané nuli dakadilané, supaya wongkuwi ora bola-bali teka lan wekasanéngamuk aku.’"6Pangandikané Gusti Yésus: "Padhatitènana apa sing dikandhakaké déninghakim sing sewenang-wenang mau!7Yèn umaté Allah rina wengi padhanyuwun tulung, apa Gusti Allah oranuli bakal paring adil marang umatémau? Apa Panjenengané arep nyenyuwéenggoné paring pitulungan?8Ngandela, Panjenengané bakal énggalparing adil! Nanging menawa PutranéManungsa mbésuk rawuh, apa ing

LUKAS 18.9–13 140

bumi kéné isih ana wong sing duwépengandel?"9Gusti Yésus nuli maringaké pasemonsing katujokaké marang wong-wongsing nganggep awaké dhéwé sampurna,sarta ngrèmèhaké wong liya.10Pangandikané: "Ana wong loro padhamlebu ing Pedalemané Allah, arepndedonga. Sing siji wong Farisi, lan singsijiné pegawé pajeg.11Wong Farisi mau ngadeg ingpanggonan sing gampang katon ingwong lan ndedonga mengkéné: ‘DhuhAllah, kawula ngaturaken panuwundhateng Panjenengan, awit kawulamboten sami kaliyan tiyang-tiyang sanèsingkang srakah, ingkang remen ngapusi,ingkang lampah jina, lan mboten samikaliyan pegawé pajeg menika.12Saben seminggu kula siyam kapingkalih, sarta saprasedasanipun pamedalkawula, kawula sedhekahaken.’13Nanging pegawé pajeg mau ngadegana ing kadohan, malah ndangak waéora wani, mung tebah-tebah dhadha,sarta matur mengkéné: ‘Dhuh Allah,kawula tiyang dosa, mugi Panjenenganwelasi.’"

LUKAS 18.14–18 14114 "Ngandela, saungkuré saka ingpapan kono, pegawé pajeg mau singpandongané ketrima déning Gusti Allah,dudu wong Farisi mau. Awit saben wongsing ngluhuraké awaké dhéwé, bakaldiasoraké, déné wong sing ngasorakéawaké dhéwé, kuwi bakal diluhuraké."15Nuli ana wong sing padha tekanyowanaké anaké sing isih cilik-cilikmarang ngarsané Gusti Yésus, supayapadha ditumpangi asta sarta diberkahi.Bareng weruh sing mengkono maupara sekabat padha nepsu marangwong-wong mau.16Nanging Gusti Yésus nimbali wong-wong sing padha arep nyowanakéanak-anaké mau sarta ngandika:"Karebèn bocah-bocah kuwi marekmarang Aku, awit wong sing kaya bocahkuwi sing padha dadi umat ing KratonéAllah.17Élinga, wong sing pambangun-turutéora kaya bocah cilik iki, ora bisa dadiumat ing Kratoné Allah."18Ana sawijining panuntuné wongYahudi nyuwun pirsa marang GustiYésus: "Guru ingkang utami; menapa

LUKAS 18.19–24 142

ingkang kedah kula lampahi, supadosangsal gesang ingkang sejatos?"19Pangandikané Gusti Yésus: "Yagénékowé ngarani Aku utama? Ora ana wongsiji waé sing utama, sing utama kuwimung Gusti Allah piyambak.20Kowé mesthiné wis ngerti surasanéangger-angger: ‘Kowé aja lakujina; kowé aja mematèni; kowé ajanyenyolong; kowé aja goroh; lanngajènana marang bapak lan ibumu!’"21Wong mau mangsuli: "Kasinggihan.Sedaya pepakèning angger-angger wausampun kula lampahi wiwit alit mila."22Nalika mireng wangsulan mau GustiYésus nuli ngandika: "Isih ana saprekarasing kudu koklakoni: Kabèh saduwèk-duwèkmu edolana, lan edum-edumnamarang wong miskin, temah kowé bakalolèh bandha ana ing swarga. Sawisékuwi nuli mrénéa mèlua Aku."23Bareng krungu pangandika singmengkono mau, wong kuwi sedhih, awitdhèwèké sugih banget.24Bareng Gusti Yésus pirsa yèn wongmau sedhih banget, nuli ngandika: "Ibaangèlé wong sugih dadi kawula ingKratoné Allah!

LUKAS 18.25–31 14325Luwih gampang unta mlebu ingbolongané dom, tinimbang wong sugihdadi kawula ing Kratoné Allah."26Wong-wong sing padha ngrungokaképangandikané Gusti Yésus mau nulipadha nyuwun pirsa: "Menawi mekatensinten ingkang saged wilujeng?"27Pangandikané Gusti Yésus: "Apasing tumrapé manungsa mokal, kuwitumrapé Gusti Allah ora mokal."28Pétrus nuli matur: "Kawula sampunsami nilar balé griya kawula sartandhèrèk Panjenengan."29Pangandikané Gusti Yésus: "Kuwibener! Ngandela, saben wong singninggal omahé, utawa bojoné, utawaseduluré, utawa bapak lan ibuné, utawaanak-anaké, merga enggoné ngabdilan mbangun-turut marang dhawuhéKratoné Gusti Allah,30wong kuwi mesthi bakal nampaniganjaran tikel-matikel ing jaman saiki,lan nampani urip langgeng ing jamanakir."31Gusti Yésus nuli nimbalisekabaté rolas, diajak misah, sartadipangandikani: "Padha titènana! Kitasaiki padha lunga menyang kutha

LUKAS 18.32–38 144

Yérusalèm, lan kabèh sing wis ditulisdéning para nabi bab Putrané Manungsabakal kelakon.32Panjenengané bakal dipasrahakémarang wong sing dudu bangsaYahudi, lan bakal disawenang-wenang,disiya-siya lan diidoni.33Panjenengané bakal disiksa landisédani; nanging ing dina katelunéPanjenengané bakal wungu menèh."34Nanging para sekabat ora nyandhakbabar-pisan, apa tegesé pangandikamau kabèh, awit pancèn kagawé samartumraping para sekabat, nganti padhaora ngerti sing satemené.35Nalika tindaké Gusti Yésus wis mèhtekan kutha Yérikho, ana wong wutalungguh ing pinggir dalan karo ngemis.36Bareng wong wuta mau krunguswarané wong akèh padha liwat ingkono, nuli takon: "Ana apa ta?"37Ana wong sing mangsuli: "GuruYésus, saka Nasarèt, lagi langkung."38Wong wuta mau nuli nguwuh-uwuh:"Gusti Yésus tedhakipun Sang PrabuDawud! Kawula mugi Panjenenganwelasi!"

LUKAS 18.39–19.2 14539Wong-wong sing ana ing ngarepépadha nyendhu, akon meneng. Nangingwong wuta mau malah saya serupanguwuhé: "Gusti, putranipun SangPrabu Dawud, kawula mugi Panjenenganwelasi!"40Gusti Yésus nuli mandheg, landhawuh supaya wong wuta mau dituntunmarek ing ngarsané. Sawisé tekan ingngarsané Gusti Yésus, Gusti nuli ndangu:41 "Aku kokkon nindakaké apa marangkowé?" Wong wuta mau mangsuli:"Gusti, kawula kepéngin sagedsumerep."42Gusti Yésus nuli ngandika marangwong mau: "Ya, kowé ndelenga.Pangandelmu sing marasaké kowé."43Sanalika iku uga wong wuta mau bisandeleng, nuli ndhèrèkaké tindaké GustiYésus, karo memuji marang Pangéran.Kabèh wong sing nyipati lelakon mau iyanuli padha memuji marang Gusti Allah.

191Gusti Yésus banjur mlebu ingkutha Yérikho, tindak nratas ing

kutha kono.2 Ing kutha Yérikho kono ana wongjenengé Zakhéus, kepala pegawé pajeg,sing sugih.

LUKAS 19.3–8 1463Zakhéus mau kepéngin banget weruhGusti Yésus, nanging dedegé cendhèk.Sarèhné kaling-kalingan wong akèh,dadiné ora tau bisa weruh Gusti Yésus.4Mulané Zakhéus mlayu ndhisiki lakunéwong-wong akèh, nuli mènèk ing witanjir, supaya bisa weruh sing bakallangkung kono.5Bareng Gusti Yésus tindaké tekaning panggonan kono, Panjenenganéndhangak mirsani ing wit anjir, sartangandika marang Zakhéus: "Zakhéus,énggal mudhuna! Awit ing dina iki Akuarep mampir ing omahmu."6Zakhéus banjur énggal-énggalmudhun lan mbagèkaké Gusti Yésusklawan bungah.7Wong kabèh sing padha weruh lelakonkuwi padha pating kedumel lan muni:"Lho, Panjenengané kokkersa mertamuana ing omahé wong ala!"8Zakhéus nuli ngadeg, sarta maturmarang Gusti Yésus: "Gusti, bandhakawula ingkang sepalih badhé kawulasedhekahaken dhateng tiyang miskin;lan sinten kémawon ingkang naté kawulaapusi bandhanipun, badhé kawulawangsulaken tikel sekawan."

LUKAS 19.9–14 1479Gusti Yésus nuli ngandika marangZakhéus: "Dina iki Gusti Allah nampanikowé lan brayatmu kabèh. Kowé kuwiuga anak-turuné Rama Abraham.10Awit Putraning Manungsa kuwi tekanénggolèki lan nylametaké wong-wongsing ketriwal."11Nalika semana tindaké Gusti Yésuswis mèh tekan kutha Yérusalèm. Akèhwong sing padha ngira, yèn KratonéAllah sedhéla menèh bakal kebabar anaing donya.12Mulané Gusti Yésus nuli maringipasemon marang wong sing padhangrungokaké piwulangé. Pangandikané:"Ana priyayi luhur lunga menyang ingnegara adoh, arep ditetepaké dadi ratuana ing kana; sawisé kuwi bakal balimenèh.13Sadurungé priyayi luhur maumangkat, nimbali abdiné sepuluh. Sabenabdi siji dipasrahi dhuwit mas sedinar.Welingé: ‘Dhuwit iki enggonen dagangnganti satekaku.’14Sarèhné rakyaté negara kono padhasengit marang panjenengané, mulapadha nusuli kongkonan, padha dikon

LUKAS 19.15–20 148

matur: ‘Kawula mboten purun dipunerèh tiyang menika.’15Sawisé priyayi luhur mau ditetepakédadi ratu, nuli bali menyang negarané.Panjenengané nuli nimbali para abdinésing biyèn padha dipasrahi dhuwit,didhawuhi sowan, awit panjenenganékepéngin pirsa bebathèné siji-sijiné.16Abdi sing kapisan sowan matur:‘Ndara, kula sampun angsal bathi sedasadinar saking arta ingkang kula tampisaking Panjenengan.’17Pangandikané bendarané: ‘Sukur,kowé abdi becik! Sarèhné kowé kenadiprecaya tumrap prekara sing cilik, saikikowé dakangkat ngerèh kutha sepuluh.’18Abdi sing kapindho sowan, aturé:‘Ndara, saking arta mas sedinar, ingkangPanjenengan paringaken dhateng kula,kula sampun angsal bebathèn gangsaldinar.’19Bendarané nuli ngandika: ‘Sukur,saiki kowé bakal dakpasrahi ngerèhkutha lima.’20Abdi sing katelu sowan lan matur:‘Ndara, menika arta Panjenengan,ingkang kula bundheli ing kacu lan kulasimpen.

LUKAS 19.21–26 14921Kula ajrih dhateng Panjenengan,margi ngertos bilih Panjenenganmenika priyantun ingkang kereng.Panjenengan mundhut barang ingkangsanès kagungan Panjenengan, sartangundhuh saking taneman ingkangmboten Panjenengan tanem.’22Bendara mau nuli ngandika marangwong mau: ‘Kowé abdi sing ala, kowébakal dakukum miturut tembungmudhéwé. Kowé wis ngerti yèn aku ikiwong kereng, sing njupuk apa sing dududuwèkku, lan sing ngundhuh tanduransing ora daktandur.23Yèn nyata mengkono, yagéné dhuwitkuwi ora koksimpen ana ing bank,supaya sabaliku, aku bisa nampadhuwitku saanakané?’24Banjur ngandika marang wong singpadha ana ing kono: ‘Dhuwit sing anaing wong kuwi jupuken lan wènèhnamarang wong sing wis nggawa sepuluhdinar mau.’25Wong-wong mau padha matur:‘Ndara, tiyang menika rak sampunmbekta sedasa dinar?’26Wangsulané raja mau: ‘Élinga,wong sing ikhtiyar supaya duwé, bakal

LUKAS 19.27–32 150

diwènèhi, nanging wong sing oragelem ikhtiyar wong kuwi dalah barangsethithik sing diduwèni, bakal kajupuk.27Lan saiki, parakna mréné kabèhsatru-satruku sing padha ora seneng yènaku dadi ratuné. Wong-wong kuwi padhapatènana ana ing ngarepku!’"28Sawisé Gusti Yésus ngandikakakékuwi mau kabèh, Panjenengan nulitindak ngrumiyini wong-wong maumenyang kutha.29Bareng wis tekan sacedhaké désaBètfagé lan désa Bètani sing dunungéana ing Gunung Zaitun, Gusti Yésusngutus sekabaté loro ndhisiki tindaké.30Gusti Yésus dhawuh: "Kowé lungaamenyang désa ngarep kuwi. Kowé bakalweruh belo kuldi, sing dicencang. Belokuwi durung tau ditunggangi wong. Belomau uculana lan gawanen mréné."31Yèn ana wong takon: ‘Yagénékokkokuculi?’ wangsulana: ‘Gusti singarep ngagem.’32Para sekabat loro sing diutus ndhisikitindaké mau nuli padha mangkat. Lanapa sing didhawuhaké déning GustiYésus mau cocog karo kaanané.

LUKAS 19.33–38 15133Nalika para sekabat mau lagipadha nguculi taliné, sing duwé belongaruh-aruhi: "Yagéné belo kuwikokuculi?"34Para sekabat nuli padha mangsuli:"Gusti ingkang ngersakaken ngagem."35Belo mau banjur dituntun menyanging ngarsané Gusti Yésus. Para sekabatmau nuli nyopot jubahé, banjurdilarapaké ana ing gegeré kuldi. GustiYésus nuli diangkat lan dilenggahakéana ing kuldi mau.36Sawisé tindak, para sekabaté padhanjèrèng jubahé ana ing dalan singdilangkungi.37Bareng wis cedhak karo kuthaYérusalèm, ing dalan kang mudhun sakaGunung Zaitun, para muridé Gusti Yésuskabèh nuli padha giyak-giyak klawansora, memuji Asmané Gusti Allah, mergasaka sakèhing mujijat, sing padhadideleng.38Wong-wong mau padha nguwuh:"Binerkahana ratu ingkang rawuh ingAsmanipun Pangéran. Tentrem rahayuwonten ing swarga, lan kamulyan konjuking Allah!"

LUKAS 19.39–44 15239Wong Farisi sawetara sing ana ingantarané wong akèh mau nuli maturmarang Gusti Yésus: "Guru, para muridmenika mugi Panjenengan dhawuhimèndel!"40Nanging pangandikané: "Yèn wong-wong kuwi meneng, watu-watu iki singbakal giyak-giyak."41Bareng Gusti Yésus tindaké sayacedhak karo kutha Yérusalèm lan pirsakutha mau, Panjenengané muwun.42Pangandikané: "Adhuh, saiba beciké,yèn ing dina iki kowé nyumurupi apasing sanyatané kokbutuhaké kanggokatentremanmu! Nanging tekan saikikowé durung weruh.43Bakal tekan wektuné, mungsuhmupadha gawé jagragan pirang-pirangkanggo ngepung kowé lan nyerang kowésaka ing ngendi-endi.44Mungsuh-mungsuhmu kuwi bakalnggempur kowé nganti rata karolemah, bareng karo rakyatmu kabèh.Mungsuhmu bakal ora nglestarèkakéwatu siji waé tumumpang ana ing watuliyané, sebab kowé ora nggatèkakérawuhé Gusti Allah enggoné arepnylametaké kowé!"

LUKAS 19.45–20.2 15345Gusti Yésus banjur mlebu ingPedalemané Allah lan nundhungi parawong sing padha dodolan ana ing kono.46Pangandikané: "Ing Kitab Suci anatulisan: ‘Pedaleman-Ku kuwi omahpamujan,’ nanging panggonan suci ikikokdadèkaké susuhé maling."47Gusti Yésus saben dina memulangana ing Pedalemané Allah. Parapengareping imam, para ahli Torèt lanpara panuntuning bangsa Yahudi padhagolèk réka supaya olèh dhadhakanbisané nyédani Gusti Yésus.48Nanging wong-wong mau padha orabisa tumindak apa-apa, sebab rakyattansah padha kepéngin ngrungokaképiwulangé sarta padha kepranan bangetmarang Panjenengané.

201Sawijining dina Gusti Yésusmemulang, martakaké Injil

marang wong akèh ana ing PedalemanéAllah. Para pengareping imam, paraahli Torèt lan panuntuné bangsa Yahudipadha sowan,2 sarta matur marang GustiYésus: "Guru, Panjenengan kersaamaringi ketrangan, saking pundiwewenang Panjenengan nindakaken

LUKAS 20.3–8 154

sedaya prekawis menika? Sinteningkang nyukani wewenang dhatengPanjenengan?"3Gusti Yésus ngandika: "Aku ugakepéngin takon marang kowé. Cobakandhaa,4 sapa sing mènèhi wewenang marangNabi Yohanes mbaptisi wong, Gusti Allahapa manungsa?"5Wong-wong mau nuli padharembugan. Sing siji kandha karo sijiné:"Kepriyé enggon kita arep mangsuli?Yèn kita kandha: ‘Saking Gusti Allah,’Panjenengané bakal ngandika: ‘Yènmengkono yagéné kowé padha oraprecaya marang Nabi Yohanes?’6Nanging yèn kita kandha: ‘Sakingmanungsa’, kita bakal dibalangi watudéning wong akèh iki, sebab wong kuwikabèh nganggep Yohanes kuwi nabi."7Dadi wong-wong mau nuli padhamangsuli marang Gusti Yésus: "Kulamboten ngertos."8Mulané Gusti Yésus nuli ngandikamarang wong-wong mau: "Yènmengkono, kowé iya ora Dakkandhani,saka ngendi asalé wewenang-Kunindakaké iki mau kabèh."

LUKAS 20.9–13 1559Gusti Yésus maringi pasemon marangwong-wong mau mengkéné: "Anawong duwé kebon anggur. Kebon maudiséwakaké marang wong tani sawetara.Sing duwé kebon mau nuli lunga adoh,lan manggon ana ing kana nganti suwé.10Bareng wis wektuné ngundhuh, singduwé kebon mau kongkonan baturénemoni wong-wong sing padha nggarapkebon, njaluk bagéané saka asilé.Nanging wong sing dikongkon maudipenthungi déning wong sing padhanggarap, lan kongkonan kuwi bali tanpanggawa apa-apa.11Wong sing duwé kebon mau banjurkongkonan menèh batur liyané; nangingkongkonan kuwi iya dipenthungi,disepèlèkaké lan disewenang-wenangdéning para penggarap, lan dikon balitanpa nggawa apa-apa.12Sing duwé kebon mau kongkonanbatur menèh sing kaping teluné. Nangingkongkonan kuwi uga dipenthungi, nulidibuwang ing sanjabané kebon.13Pungkasané sing duwé kebon maumikir: ‘Saiki beciké kepriyé? Akudakkongkonan anakku dhéwé, sing

LUKAS 20.14–17 156

dakkasihi. Mesthiné wong-wong kuwibakal padha éring marang anakku!’14Nanging tan kocapa, bareng parapenggarap mau weruh anaké singduwé kebon teka, nuli padha sarembugmengkéné: ‘Anaké sing duwé kebon ikibeciké dipatèni waé, supaya kita olèhwarisané!’15Wong-wong mau nuli nyèrèd anakésing duwé kebon mau ana ing sanjabanékebon, nuli dipaténi." Gusti Yésusnuli ndangu marang wong-wong singlagi padha ngrungokaké: "Saiki parapenggarap mau bakal dikapakaké déningwong sing duwé kebon?16Wis mesthi wong sing duwé kebonanggur bakal teka lan numpes parapenggarap, sarta nyéwakaké kebonangguré marang wong liya." Barengkrungu pangandikané Gusti Yésusmengkono mau, wong sing padhangrungokaké nuli padha matur:"Ingkang mekaten menika mbotenbadhé kelampahan!"17Gusti Yésus mirsani marang wong-wong mau, sarta ngandika: "Yènmengkono apa tegesé ayat iki: ‘Watusing ditampik déning para ahli gawé

LUKAS 20.18–21 157

omah, merga dianggep ora ana gunané,jebul kuwi watu sing ketitik becik dhéwé.’18Sing sapa tiba ing watu mau, bakalajur mumur, lan sing sapa ketiban watukuwi, bakal remuk dadi lebu."19Para ahli Torèt lan para pengarepingimam ngerti yèn pasemon mauditujokaké marang dhèwèké. Mulanépadha kepéngin nyekel Gusti Yésussanalika iku uga, nanging padha wedimarang wong akèh.20Niyaté mau banjur diwurungaké,ngentèni wektu sing becik. Wong-wongmau nuli padha mbeseli wong séwansawetara, dikongkon éthok-éthoktumindak kaya wong mursid lanngajokaké pitakonan-pitakonan marangGusti Yésus, kanggo nyengkolongf

Panjenengané, temah olèh alasankanggo nyekel, supaya ditahan déningGubernur.21Wong-wong séwan nuli matur marangGusti Yésus: "Guru, kula mangertosbilih menapa ingkang Panjenenganngendikakaken lan Panjenenganwucalaken menika sedaya leres. Kulainggih sami mangertos bilih Panjenengan

fnyengkolong: menjebak (bhs. Ind.).

LUKAS 20.22–27 158

menika mboten ngéloni sinten-sinten,sarta ngemungaken mucalaken menapaingkang dados kersanipun Gusti Allahtumrapipun manungsa.22Samenika kula badhé nyuwun pirsa:Manut agami kita, mbayar pajeg dhatengKaisar ing Rum menika kénging menapamboten?"23Gusti Yésus ora kekilapan marangkajuligané wong mau, mulané banjurngandika:24 "Aku tuduhana dhuwit pérak. Ingkono ana gambaré sapa lan ana tulisanéapa?" Wangsulané sing padha didangu:"Gambaripun lan seratanipun Kaisar!"25Pangandikané Gusti Yésus: "Yènmengkono, caosna marang Kaisarapa sing dadi kagungané Kaisar, lancaosna marang Gusti Allah apa sing dadikagungané Gusti Allah."26Srana mengkono ketitik yèn wong-wong séwan mau ora bisa nyengkolongGusti Yésus ana ing ngarepaningwong akèh. Wong-wong mau padhablangkemen sarta kaéraman.27Ana wong Saduki sawetara, yakuwiwong-wong sing padha ora precayamarang petangèné wong mati, padha

LUKAS 20.28–33 159

sowan marang Gusti Yésus. Wong maupadha takon:28 "Guru, Nabi Musa sampun maringiangger-angger dhateng kita sedaya,mekaten: ‘Menawa ana wong duwésedulur lanang tinggal-donya, mangkaora ninggal anak, nanging randhanéisih urip, seduluré mau wajib ngrabènirandha sing ditinggal mati mau, supayabisa nukulaké turun kanggo singtinggal-donya mau.’29Kelampahan wonten tiyang pitusasedhèrèk. Ingkang mbajeng émah-émah, nanging lajeng tilar-donya, tanpanilar anak.30Randhanipun lajeng dipun ningkahdéning adhinipun, inggih menika anakingkang nomer kalih.31Lajeng kaningkah ugi déning ingkangnomer tiga. Mekaten salajengipunngantos tiyang pitu sasedhèrèk wausampun naté ningkah kaliyan tiyang èstriwau, nanging sami pejah lan mbotennilar anak.32Wekasanipun tiyang èstri wau inggihlajeng pejah.33Lajeng kados pundi menggahtiyang èstri menika mbénjing ing

LUKAS 20.34–38 160

dinten petangènipun tiyang pejah?Piyambakipun lajeng dados sémahipunsinten? Sebab tiyang jaler pitusasedhèrèk wau sedaya sampun naténeningkahan kaliyan piyambakipun."34Gusti Yésus ngandika: "Wong lananglan wong wadon sing padha urip ingdonya kéné padha neningkahan,35nanging wong lanang lan wong wadonsing tinemu pantes ditangèkaké saka ingpati, lan urip ing jaman kalanggengan,kuwi padha ora omah-omah.36Kaanané mau kaya malaékat, sebabwong-wong mau ora padha mati menèh.Wong-wong mau padha dadi putranéAllah, merga wis padha ditangèkaké.37Nabi Musa dhéwé nyebutaké klawancetha yèn wong mati bakal katangèkakémenèh. Ing tulisané, sing nyebutakébab grumbul eri sing murub kuwi,panjenengané nyebut Gusti Allah ‘AllahéAbraham, Iskak lan Yakub.’38Gusti Allah kuwi dudu Allahé wongmati, nanging Allahé wong urip! Sebabtumrapé Gusti Allah, wong-wong kuwimau kabèh padha urip."

LUKAS 20.39–46 16139Ana para ahli Torèt sawetara singmatur: "Wangsulan Panjenengan menikasaé sanget, Guru."40Sebab wong-wong mau wis ora wanitakon apa-apa menèh marang GustiYésus.41Gusti Yésus ndangu marang wong-wong mau: "Kepriyé déné wong kokbisangarani Sang Kristus kuwi tedhaké SangPrabu Dawud?42Mangka Sang Prabu Dawud dhéwéana ing Kitab Masmur ngandikamengkéné: ‘Dhawuhé Pangéranmarang Gustiku: Sira lenggaha ana ingtengen-Ku.43Nganti tekan wektuné mungsuhmupadha Daktelukaké marang kowé.’44Menawa Sang Prabu Dawud nyebutPanjenengané ‘Gusti’, kepriyé déné SangMèsias kuwi uga dadi tedhaké?"45Nalika wong kabèh isih padhangrungokaké, Gusti Yésus ngandikamarang sekabaté:46 "Padha diawas karo para ahli Torèt.Wong-wong kuwi padha seneng nganggojubah landhung lan seneng diurmatidéning wong-wong ana ing pasar-pasar.

LUKAS 20.47–21.5 162

Wong-wong kuwi padha seneng milihpapan sing kajèn ana ing pésta-pésta.47Wong-wong iki padha ngrampasomahé randha-randha, banjur mamèrakékamursidané srana ndedonga ngantisuwé banget. Wong-wong mau mesthibakal diukum luwih déning abot."

211Ana ing Pedalemané Allahkono Gusti Yésus pirsa wong

sugih-sugih padha nglebokaké dhuwitana ing pethi pisungsung.2Nuli Panjenengané iya pirsa anarandha miskin sing nglebokaképisungsung dhuwit cilik rong iji.3Gusti Yésus nuli ngandika: "Setitèkna!Randha miskin kuwi pisungsungé luwihakèh ketimbang karo wong-wong liyané.4Sebab wong liya-liyané mauenggoné pisungsung dijupukaké sakakalubèraning kasugihané. Nanging wongrandha miskin misungsungaké kabèhdhuwit sing diduwèni, sing prelu kanggonyambung uripé dhéwé."5Ana wong sawetara padha rasananbab kaéndahané Pedalemané Allah,enggoné direngga-rengga nganggowatu-watu sing becik banget, sartabarang rupa-rupa sing dipisungsungaké

LUKAS 21.6–10 163

marang Gusti Allah. Gandhèng karogunem sing mengkono mau, Gusti Yésusngandika:6 "Mbésuk bakal kelakon, kabèh singkokdeleng iku lebur, nganti ora ana watusiji waé sing lestari tumumpang ana ingwatu liyané!"7Wong mau padha nyuwun pirsamarang Gusti Yésus: "Guru,mbénjing menapa prekawis waubadhé kelampahan?"8Pangandikané Gusti Yésus: "Singpadha awas, supaya kowé aja ngantikena disasaraké déning wong! Sebabakèh wong sing bakal teka nganggojeneng-Ku. Wong-wong mau bakalpadha muni: ‘Aku iki Sang Kristus!, lansaiki wis tekan wektuné.’ Aja padhanggugu.9Kowé aja padha wedi, yènkrungu kabar bab peperangan lanpembrontakan. Sebab kabèh mau wispinesthi kudu kelakon dhisik. Nangingkuwi ora ateges yèn wis tekan wekasanéjaman."10Gusti Yésus nuli nerusaképangandikané: "Bangsa-bangsa

LUKAS 21.11–16 164

bakal campuh perang, negara sing sijinglawan negara sijiné.11 Ing ngendi-endi bakal ana lindhusing nggegirisi, ana pailan lan pageblug.Uga bakal ana prekara-prekara singnggegirisi lan pretandha-pretandha singngédab-édabi saka langit.12Nanging sadurungé kabèh maukelakon, kowé bakal dicekel lan dianiaya.Kowé bakal padha diadili ana ingpapan-papan pangibadah lan dilebokakéana ing pakunjaran. Kowé bakal dilaraklan diladèkaké ana ing ngarepé para ratulan para pangwasa, merga saka Aku.13Kuwi wewengan kanggo kowénglairaké paseksimu bab InjilingPangéran.14Padha mantepa ing ati! Kowé orasusah kuwatir bab wangsulan sing kudukokaturaké kanggo mbélani awakmu.15Sebab Aku dhéwé sing bakal maringitembung lan kabisan kuwi marangkowé, nganti mungsuhmu ora bakal bisangunggahi utawa mbantah marang apasing kokkandhakaké.16Kowé bakal diulungaké déning bapaklan ibumu, déning sedulur-sedulurmu,lan déning kanca-kancamu. Ana

LUKAS 21.17–24 165

panunggalanmu sawetara sing bakaldipatèni déning mungsuhmu.17Kowé bakal disengiti déning wongkabèh merga saka Aku.18Nanging rambutmu saeler waé orabakal ana sing kalong.19Yèn kowé tetep precaya lan sabar,kowé bakal slamet."20 "Yèn kowé weruh kutha Yérusalèmdikepung déning wadyabala, padhangertia, yèn ora suwé menèh kuthaYérusalèm mau bakal disirnakaké.21 Ing wektu kuwi wong-wong ingtanah Yudéa padha ngungsia menyangpegunungan. Wong-wong sing ana ingkutha padha metua saka kutha, lanwong-wong sing ana njaba kutha ajapadha mlebu ing kutha.22Sebab dina-dina kuwi diarani‘Dinaning Paukuman’, supaya kelakonapa sing wis ditulis ana ing Kitab Suci.23Mesakaké temen wong wadon singlagi padha meteng, lan sing lagi padharéwang bayi! Sebab negara kuwi bakalngalami kasusahan gedhé, merga GustiAllah bakal ngukum bangsa iki.24Ana wong sing bakal dipatèni klawanpedhang, ana uga sing padha bakal

LUKAS 21.25–29 166

diboyong menyang negara-negaramanca; lan wong-wong sing ora wanuhmarang Gusti Allah bakal ngicak-icakkutha Yérusalèm, nganti tekan wektusing wis ditemtokaké déning Gusti Allahtumrap bangsa iki."25 "Mbésuk bakal ana pretandha-pretandha sing katon ana ing srengéngé,rembulan lan lintang-lintang. Ing bumibangsa-bangsa bakal padha gumeter,merga gumlegeré segara lan ombakésing nggegirisi.26Akèh wong sing bakal padha klengersaking wediné, merga ngrasakaké apasing bakal kelakon ana ing jagad. Sebabkekuwatan-kekuwatan sing ngaturlakuné jagad raya bakal kisruh.27 Ing wektu kuwi Putrané Manungsabakal rawuh ana ing méga, ngagemkamulyan lan pangwasa gedhé.28Yèn kabèh mau wiwit kelakon, padhasiyagaa lan tumengaa, sebab ora suwémenèh kowé bakal padha kaluwaran."29Gusti Yésus nuli nyritakaké pasemonmengkéné: "Padha titènana wit anjir lanwit-witan apa waé.

LUKAS 21.30–36 16730Yèn wit-witan mau wis padha semi,kowé ngerti yèn wis ngancik mangsapanas.31Mengkono uga yèn kowé weruhprekara-prekara sing Dakkandhakakémau kelakon, padha ngertia yèn wistekan wektuné Gusti Allah mbangunKratoné ana ing jagad.32Padha ngandela! Wong-wong singurip ing jaman saiki durung bakal padhamati, yèn prekara-prekara kuwi maukabèh durung kelakon.33Langit lan bumi bakal sirna,nanging tembung-Ku bakal tetep ingselawas-lawasé."34 "Padha jaganen awakmu dhéwé.Aja nganti kowé mung mikir enggonmupésta-pésta waé; aja kakéhan mikirakébab ruwet-rentenging uripmu, ngantibareng Dinané Pangéran teka dadakan,kowé ora cumawis.35Sebab tekané dina kuwi presasatkala, kanggo njiret wong sajagad kabèh.36Padha siyagaa, lan tansahndedongaa, supaya kowé diparingikekuwatan bisa ngalami sing bakalkelakon mau kabèh kanthi slamet,

LUKAS 21.37–22.5 168

sarta bisa sowan ing ngarsané PutranéManungsa."37Gusti Yésus saben awan memulangana ing Pedalemané Allah, benginéminggah ing Gunung Zaitun, lan nyaréana ing kono.38Saben ésuk wong kabèh padha tekaana ing Pedalemané Allah, ngrungokaképiwulangé Gusti Yésus.

221Nalika semana lagi ngarepakéRiaya Pésta Roti Tanpa Ragi,

yakuwi sing disebut Paskah.2Para pengareping imam lan para ahliTorèt lagi padha golèk réka, kepriyébisané nyédani Gusti Yésus; sebabwong-wong mau padha wedi karorakyat.3 Iblis nuli nyurupi Yudas Iskariot,yakuwi panunggalané sekabat rolas, singndhèrèk Gusti Yésus.4Yudas mau nuli marani parapengareping imam lan pengarepingpengawal sing jaga Pedalemané Allah,prelu kandha yèn dhèwèké saguhngulungaké Gusti Yésus marangwong-wong mau.5Para pengareping imam lan parapengareping pengawal mau padha

LUKAS 22.6–11 169

bungah banget, lan janji arep mènèhidhuwit marang Yudas.6Yudas nyaguhi lan wiwit nalika semanaYudas golèk réka bisané ngulungakéGusti Yésus marang wong-wong mau,tanpa diweruhi déning wong akèh.7Bareng wis tekan dinané Riaya PéstaRoti Tanpa Ragi, yakuwi dinané wongpadha nyembelèh cempé, kanggo RiayaPaskah,8Gusti Yésus nuli ngutus Pétrus lanYohanes, didhawuhi mengkéné: "Padhamangkata, nyawisna ubarampénéPaskah sing bakal padha kita pangan."9Aturé Pétrus lan Yohanes mau:"Panjenengan ngersakaken dhaharPaskah wonten ing pundi?"10Pangandikané Gusti Yésus:"Rungokna! Yèn kowé mlebu ana ingkutha Yérusalèm, kowé bakal kepethukkaro wong sing lagi nggawa kendhi isibanyu. Wong kuwi etutna tekan omahsing dileboni,11banjur kandhaa karo sing duwéomah kuwi: Guru ndangu: ‘Ana ingngendi enggoné para sekabat-Ku lan Akumangan Paskah?’

LUKAS 22.12–17 17012Sing duwé omah mau nuli bakalnuduhaké kamar gedhé ana ing lotèng,sing wis pepak sapraboté pisan. Padhacawisna ubarampéné Paskah kabèh anaing kono."13Sekabat loro mau padha mangkat,sarta kabèh tinemu cèples kaya singdingandikakaké déning Gusti Yésus.Sekabat loro mau nuli padha nyawisakéubarampéné Paskah ana ing kono.14Bareng wis tekan wektuné dhaharPaskah, Gusti Yésus nuli lenggah aworkaro para sekabaté.15Panjenengané nuli ngandika marangpara sekabat mau: "Aku kepénginmangan Paskah iki bebarengan karokowé, sadurungé Aku nandhangsangsara!16Sebab ngertia! Aku bakal oradhahar Paskah menèh, nganti apasing diibarataké déning Paskah ikikaleksanan, yakuwi yèn Kratoné Allahwis tumapak."17Sawisé kuwi Gusti Yésus nulingangkat tuwung anggur, sarta saospanuwun marang Gusti Allah, banjurngandika: "Tuwung iki tampanana lanpadha ngombéa,

LUKAS 22.18–23 17118 sebab kowé Dakkandhani: Wiwit saikiiki Aku bakal ora ngombé anggur menèh,nganti Kratoné Allah kebabar."19Sawisé mengkono Gusti Yésus nulimundhut roti, banjur saos panuwunmarang Gusti Allah. Roti mau nulidicuwil-cuwil lan diparingaké marangpara sekabat, pangandikané: "Iki badan-Ku, sing kaparingaké kanggo kowé.Iki tindakna minangka pengéling-élingmarang Aku."20Mengkono uga sawisé dhahar,Panjenengané maringaké tuwung anggurkuwi marang para sekabaté sertangandika: "Tuwung iki prejanjiané GustiAllah sing anyar, sing diresmèkaké sranagetih-Ku, yakuwi getih sing diwutahakékanggo kowé."21 "Nanging delengen! Wong singngulungaké Aku saiki ana ing kéné,lungguh dadi saméja karo Aku!22Putraning Manungsa pancèn pinesthiséda, kaya sing wis ditemtokaké déningGusti Allah, nanging cilaka wong singngulungaké Panjenengané!"23Para sekabat nuli padha takon-tinakon, sapa sing arep ngulungakéGusti Yésus.

LUKAS 22.24–30 17224Kacrita, para sekabat padha bantah-bantahan bab sapa sing dianggeppinunjul dhéwé.25Gusti Yésus nuli ngandika marangpara sekabat mau: "Ratu-ratu ing donyakéné padha ngerèh rakyat, lan parapangwasa mau disebut ‘Pangayomaningrakyat.’26Nanging mungguh ing kowé, aja kayamengkono. Malah kosokbaliné; wongsing pinunjul dhéwé ing antaramu, kuwidadia sing asor dhéwé, lan sing dadipengarep kuwi dadia kaya batur.27Sapa sing luwih kajèn: sing lungguhmangan ana ing méja, apa sing ngladènidhèwèké? Mesthi waé sing lungguh mau.Nanging ana ing antaramu, Aku iki kayabatur.28Sajroné Aku nandhang susah, kowéselawasé kumpul karo Aku.29Kaya déné Sang Rama wis maringiwewenang marang Aku nindakakéKratoné, mengkono uga kowé bakalpadha Dakwènèhi wewenang nindakakéKratoné.30Kowé bakal mèlu mangan lanngombé karo Aku ana ing Kraton-Ku,lan kowé bakal padha lungguh ana ing

LUKAS 22.31–35 173

dhamparing kraton mau, ngadili talerébangsa Israèl rolas."31 "Simon, Simon, rungokna! Iblisdiparengaké Gusti Allah nètèr precayamukabèh, kaya wong tani enggoné nginterigandumé, dipisahaké saka mrambuté.32Nanging, kowé wis Dakdongakaké,supaya precayamu aja semplah. Lanyèn kowé wis mratobat, bali marangAku menèh, kowé kudu genti nguwataképrecayané sedulur-sedulurmu."33Wangsulané Pétrus: "Gusti, kawulasagah dipun kunjara lan pejahsesarengan kaliyan Panjenengan!"34Pangandikané Gusti Yésus: "Pétrus,ngandela! Ing dina iki sadurungé jagokluruk, kowé bakal kandha ping telu,yèn kowé ora wanuh karo Aku."35Gusti Yésus nuli ngandika marangpara sekabaté: "Dhèk biyèn nalikakowé padha Dakutus kaé, kowé oraDakparengaké nggawa dhompèt isidhuwit, kanthong lan sepatu. Apakowé padha nandhang kekuranganapa-apa?" Wangsulané sing padhadidangu: "Mboten! Mboten kekiranganmenapa-menapa."

LUKAS 22.36–42 17436Pangandikané Gusti Yésus: "Nangingsaiki, sing duwé dhompèt utawakanthong kudu digawa; lan sing oraduwé pedhang, kudu ngedol jubahékanggo tuku pedhang.37Sebab, ngandela! Tulisan ing KitabSuci: ‘Panjenengané bakal dianggepdurjana’, tulisan kuwi bakal kelakontumrap Awak-Ku. Lan apa sing katulismau, saiki kelakon temenan."38Para sekabat nuli padha matur:"Gusti, menika wonten pedhang kalih."Pangandikané Gusti Yésus: "Wis cukup."39Gusti Yésus banjur miyos sakaing kutha Yérusalèm, lan kaya adatsaben minggah ana ing Gunung Zaitun,kadhèrèkaké déning para sekabat.40Bareng wis tekan ing kono,Panjenengané ngandika: "Padhandedongaa, supaya aja kena ingpanggodha."41Panjenengané nuli tindak rada adohsaka kono, kira-kira saadohé wongmbalang nganggo watu.42Panjenengané nuli sujud jèngkèngndedonga, aturé: "Dhuh Rama,menawi kepareng, mugi Paduka kersanyingkiraken kasangsaran menika

LUKAS 22.43–49 175

saking kawula. Éwadéné, sampunpikajeng Kawula, namunga kersa Padukakémawon ingkang kelampahan."43 [Nuli ana malaékat saka swargangetingal marang Gusti Yésus, sartanyantosakaké Panjenengané.44Gusti Yésus banget girisé, mulanésaya ngganter enggoné ndedonga.Riwéné nganti kaya getih tumètès anaing bumi.]45Sawisé rampung enggoné ndedonga,Gusti Yésus nuli murugi para sekabat.Para sekabat mau ketemu lagi padhaturu, merga saka sedhihé.46Gusti Yésus nuli ngandika: "Yagénékowé padha turu? Tangia lan ndedongaa,supaya aja kena ing panggodha."47Sajroné Gusti Yésus isih ngandikakaro para sekabaté mau, ana wongrombongan teka. Wong-wong mau diiriddéning Yudas. Yudas nuli marani GustiYésus lan ngambung Panjenengané.48Gusti Yésus ngandika: "Yudas,apa enggonmu ngulungaké PutranéManungsa srana ngambung iki?"49Nalika para sekabaté Gusti Yésussing ana ing kono ngerti apa sing

LUKAS 22.50–55 176

bakal kelakon, banjur matur: "Menapakepareng kawula pedhang kémawon?"50Salah sawijining sekabat mau nulinyabet abdiné Imam Agung sranapedhang, nganti kupingé tengenkeperung.51Nanging Gusti Yésus ngandika:"Wis seméné waé!" Kupingé wongsing keperung mau nuli diasta landiwarasaké.52Gusti Yésus nuli ngandika marangpara pengareping imam, parapengareping pengawal Pedalemané Allahlan para panuntuning wong Yahudi, singwis padha teka ana ing kono arep nyekelPanjenengané: "Apa Aku kokkira bégal,kokenggonmu arep nyekel Aku nganggopedhang lan penthung?53Apa Aku ora saben dina ana ingPedaleman Suci karo kowé, yagéné Akuora kokcekel ana ing kono? Nangingpancèn wis tekan wektumu lan wektunépangwasané pepeteng tumindak."54Bareng Gusti Yésus wis dicekel,banjur diirid menyang omahé ImamAgung. Pétrus ngetutaké saka kadohan.55Wong-wong padha gawé bedhiyangana ing satengahing plataran lan banjur

LUKAS 22.56–62 177

padha lungguh ngubengi bedhiyangmau. Déné Pétrus nuli mèlu lungguh anaing kono.56Salah sawijining abdi wadon, weruhPétrus, banjur ditamataké, nuli muni:"Wong kuwi gajegé iya sekabaté Yésus!"57Nanging Pétrus sélak, uniné: "Akuora wanuh babar-pisan karo wong kuwi!"58Ora let suwé ana wong liyané singweruh Pétrus, nuli muni: "Kowé ugasekabaté?" Nanging Pétrus mangsuli:"Dudu, aku dudu!"59Kira-kira let sajam ana wong liyanémenèh sing muni seru: "Pancèn wongkuwi sekabaté Yésus, sebab dhèwèké iyawong Galiléa!"60Nanging Pétrus mangsuli: "Kowékandha apa? Aku ora ngerti singkokkandhakaké kuwi!" Sanalika iku uga,sajroné Pétrus isih guneman, ana jagokluruk.61Gusti Yésus tumolèh lan mirsaniPétrus. Pétrus banjur kèlingan marangpangandikané Gusti: "Ing dina ikisadurungé jago kluruk, kowé bakalnyélaki Aku ping telu."62Pétrus banjur metu saka ing kono lannangis kelara-lara.

LUKAS 22.63–70 17863Gusti Yésus dipoyoki lan digebugidéning wong-wong sing padha nahanPanjenengané.64Paningalé ditutupi nuli ditakoni:"Bedhèken, sapa sing nggebug kowé?"65Akèh menèh tembung pamoyok singdiucapaké déning wong sing padha jagamarang Panjenengané.66Ésuké para pengareping wongYahudi, para pengareping imam lan paraahli Torèt padha nglumpuk, Gusti Yésusbanjur diladèkaké Predataning Agama.67Wong-wong mau padha takonmarang Gusti Yésus: "Kandhaa, apakowé kuwi Sang Kristus?" Gusti Yésusngandika: "Senajan Aku kandhaa, kowéiya ora bakal ngandel,68 lan senajan Aku takona apa-apa,kowé kabèh iya ora bakal mangsuli.69Nanging saiki Putraning Manungsabakal lenggah ana ing tengené AllahKang Mahakwasa."70Wong mau padha muni: "Yènmengkono, apa kowé kuwi PutranéAllah?" Pangandikané Gusti Yésus: "Ya,pancèn mengkono."

LUKAS 22.71–23.5 17971Wong kabèh banjur padha muni:"Kita wis ora prelu seksi menèh! Wispadha krungu saka tembungé dhéwé."

231Predata kabèh nuli padhangadeg, lan ngirid Gusti Yésus

menyang ngarsané Gubernur Pilatus.2Ana ing kono wong-wong maupadha nggugat, aturé: "Kula samisumerep, bilih tiyang menika nasarakenrakyat. Piyambakipun ngojok-ojokitiyang, supados mboten sami mbayarpajeg dhateng Kaisar, sebab manutPiyambakipun, Yésus piyambak menikaSang Kristus."3Gubernur Pilatus nuli ndangu marangGusti Yésus: "Apa bener yèn kowé kuwiratuné wong Yahudi?" PangandikanéGusti Yésus: "Inggih leres mekaten."4Gubernur Pilatus nuli ngandika marangpara pengareping imam lan wong akèhsing ana ing kono: "Yèn manut aku,wong iki ora salah apa-apa."5Nanging wong-wong mau padhangangseg, aturé: "Srana piwulangipun,tiyang menika ngojok-ojoki dhatengtiyang satanah Yudéa sedaya kapurihmbaléla, kawiwitan saking tanah Galiléa,

LUKAS 23.6–11 180

lan samenika sampun dumugi ingngriki."6Bareng Gubernur Pilatus mireng aturéwong-wong mau, nuli ndangu: "Apawong iki asalé saka tanah Galiléa?"7Bareng pirsa, yèn Gusti Yésus kuwiasalé saka daérah wewengkoné SangPrabu Hérodès, panjenengané nuliutusan ngirid Gusti Yésus marang SangPrabu, sing nalika semana pinuju anaing kutha Yérusalèm.8Sang Prabu Hérodès bareng pirsaGusti Yésus, bungah banget, sebab wiskepara suwé midhanget pawartané,mulané kepéngin pirsa dhéwé, malahuga ngarep-arep bisaa pirsa olèhénindakaké mujijat.9Mulané Sang Prabu Hérodès ngajokaképitakonan akèh marang Gusti Yésus,nanging Panjenengané ora kersangandika babar-pisan.10Para pengareping imam lan para ahliTorèt uga padha sowan ana ing kono,sarta padha nggugat Gusti Yésus sranapandakwa sing abot.11Gusti Yésus digawé geguyon landipoyoki déning Sang Prabu Hérodèslan para prejurité. Gusti Yésus nuli

LUKAS 23.12–18 181

diagemi ageman keprabon, nuli diirid balimenyang ngarsané Gubernur Pilatus.12Wiwit dina kuwi uga Sang PrabuHérodès lan Gubernur Pontius Pilatus,sing mauné padha sesatron, padhamemitran menèh.13Gubernur Pilatus nuli ngumpulaképara pengareping imam lan parapemimpin, apa déné rakyat,14nuli ngandika marang wong-wongmau: "Kowé padha ngladèkaké wong ikimarang aku, lan kowé kandha yèn wongiki nasaraké wong akèh. Wong kuwi wisdakpriksa ana ing ngarepmu, nangingmungguh ing aku, aku ora nemokakékeluputan sing kokgugataké.15Semono uga Sang Prabu Hérodès,sebab panjenengané uga wis ngirimYésus iki bali mréné. Wong iki oranglakoni apa-apa sing patut diukum pati.16Mulané wong iki mung arepdakgebugi, banjur dakluwari."17 [Wis dadi padatan, saben RiayaPaskah Gubernur Pilatus ngluwari wongukuman siji sing disuwun déning rakyat.]18Wong akèh sing ana ing konopadha bengok-bengok: "Tiyang menika

LUKAS 23.19–25 182

kasirnakna. Kula nyuwun luwaripunBarabas."19 (Barabas kuwi dikunjara, mergaenggoné brontak ana ingkutha lanmatèni wong.)20Sarèhné Gubernur Pilatus kepénginngluwari Gusti Yésus, mulanéPanjenengané ndangu sepisanmenèh marang wong akèh mau.21Nanging wong akèh mau padhabengok-bengok: "Dipun salib kémawon!Dipun salib!"22Gubernur Pilatus nuli ngaping teloni,enggoné ndangu marang wong akèhmau, pangandikané: "Nanging salahéapa? Aku ora nemokaké luputé wongiki, sing patut dipatrapi paukumanpati! Wong iki arep dakgebugi, nulidakluwari."23Nanging wong akèh mau malahpadha bengok-bengok sarosané, yènGusti Yésus kudu disalib. Pungkasanéwong akèh mau menang.24Gubernur Pilatus nuli mutusakéukuman pati, kaya sing dikarepakédéning wong-wong mau.25Gubernur Pilatus ngluwari wongukuman sing padha disuwun, yakuwi

LUKAS 23.26–29 183

Barabas, wong sing dikunjara, mergakesangkut pembrontakan lan matèniwong. Gubernur Pilatus nuli masrahakéGusti Yésus marang wong akèh mau,supaya dipatrapi manut sakarepé.26Gusti Yésus nuli diirid metu sakakutha Yérusalèm. Ana ing dalan, iring-iringan mau kepethuk wong, jenengéSimon, asalé saka Kiréné, arep mlebukutha. Simon mau diundang lan dipeksamanggul salibé Gusti Yésus, ana ingsawingkingé.27Akèh wong sing padha ngetutakétindaké Gusti Yésus. Ing antaranéwong akèh mau uga ana wongéwadon sawetara. Wong-wong wadonmau padha nangisi Gusti Yésus karongadhuh-adhuh.28Gusti Yésus tumolèh lan ngandikamarang wong-wong wadon mau: "Kowé,wong wadon kutha Yérusalèm! Ajapadha nangisi Aku; tangisana awakmudhéwé lan anak-anakmu.29Sabab bakal ana wektuné wongmuni: ‘Begja temen wong wadon singgabug, sing ora tau nglairaké lan ora taunusoni bayi!’

LUKAS 23.30–35 18430Bakal ana wektuné wong padhamuni marang gunung-gunung: ‘Akujugrugana!’ lan muni marang punthuk-punthuk: ‘Aku urugana.’31Sebab yèn kaya mengkénépenggawéné wong marang kayu singurip, méndahané menèh kayu singgaring bakal dikapakaké!"32Ana durjana loro sing uga padhadiirid bebarengan karo Gusti Yésus.33Bareng wis tekan panggonan singdisebut "Pacumplungan," Gusti Yésusnuli disalib, bebarengan karo durjanaloro mau, sing siji ana ing tengené, sijinéana ing kiwané.34Gusti Yésus nuli ndedonga: "DhuhRama, kalepatanipun tiyang-tiyangmenika mugi Paduka apunten, amargimboten sami mangertos menapaingkang sami dipun tindakaken."35Agemané Gusti Yésus nuli diedum-edum srana diundhi. Wong akèh padhangadeg nonton apa sing kelakon ana ingkono. Para pengareping wong Yahudipadha moyoki Gusti Yésus, uniné:"Dhèwèké wis nylametaké wong liya,jajal apa saiki bisa nylametaké awaké

LUKAS 23.36–42 185

dhéwé, yèn nyata wong kuwi SangKristus utusané Allah."36Para prejurit iya padha moyoki, lanbanjur padha marani Gusti Yésus sartanyaosaké anggur kecut.37Banjur padha muni: "Yèn kowératuné wong Yahudi, nulungana awakmudhéwé!"38 Ing sandhuwuré mestakané GustiYésus ana tulisan sing uniné mengkéné:"Yésus ratuné wong Yahudi."39Salah sijiné durjana sing disalib maungala-ala Gusti Yésus. Wong mau muni:"Yèn kowé kuwi Sang Kristus, nulunganaawakmu dhéwé lan aku wong loro ikipisan."40Nanging durjana sing sijiné melèhakékancané mau karo muni: "Apa kowé oraéring karo Gusti Allah? Kita kabèh ikidiukum mati.41Tumraping aku lan kowé, ukuman ikiwis samesthiné. Nanging wong iki rakora salah!"42Wong mau banjur matur marangGusti Yésus: "Gusti, Panjenengan mugikersa ngèngeti dhateng kawula, menawiPanjenengan mbénjing jumeneng ratu."

LUKAS 23.43–49 18643Pangandikané Gusti Yésus:"Ngandela, dina iki uga kowé bakalbareng karo Aku mlebu ana ing Firdus."44Kira-kira jam rolas awan, srengéngéora nyunaraké padhangé. Satanah konokabèh dadi peteng ndhedhet, nganti jamtelu.45Kacrita gebering Pedalemané Allahsuwèk ing tengah, dadi loro.46Gusti Yésus nuli nguwuh klawanswara sora: "Dhuh Rama! Kawulamasrahaken nyawa kawula ing astaPaduka!" Sawisé matur mengkono GustiYésus nuli séda.47Nalika komandhané para prejuritsing padha jaga ana ing kono weruhlelakon kuwi mau kabèh, nuli ngluhurakéAsmané Allah karo muni: "Nyata, wongiki ora luput."48Wong-wong sing padha teka mrono,arep ndeleng apa sing kelakon ana ingkono, iya padha nyipati lelakon-lelakonkuwi mau kabèh. Mula padha mulihkanthi rasa keduwung banget.49Lan wong kabèh sing padha kenalkaro Gusti Yésus, semono uga para wongwadon sing ndhèrèkaké Panjenenganésaka tanah Galiléa mau, padha ngadeg

LUKAS 23.50–55 187

saka kadohan lan ndeleng lelakon kuwimau kabèh.50Ana wong jeneng Yusuf, saka kuthaArimatéa. Yusuf mau wong becik lankinurmatan, wong mursid sing uganganti-anti kebabaring Kratoné Allah.Senajan Yusuf mau warganing PredataAgama, nanging ora ngrujuki putusanépredata mau tumraping Gusti Yésus.51 (23:50)52Yusuf nuli sowan marang GubernurPilatus lan nyuwun layoné Gusti Yésus.Panyuwuné mau dikabulaké.53Yusuf nuli ngedhunaké layon mausaka ing kayu salib, banjur diulesinganggo mori alus. Sawisé kuwi layonmau nuli disarèkaké ana ing pesaréansing ditatah ana ing punthuk karang.Kuburan kuwi durung tau kanggo.54Nalika semana pinuju dina pacawisan.Sedhéla menèh wis ngarepaké dinaSabbat.55Para wong wadon, sing padhandhèrèkaké tindaké Gusti Yésus sakatanah Galiléa, kuwi iya padha ngetutakéYusuf, mèlu ngiringaké layoné menyangpesaréan. Wong-wong mau padha weruh

LUKAS 23.56–24.4 188

dhéwé patrapé enggoné layon maudisarèkaké.56Wong-wong wadon mau nuli padhamulih lan nyawisaké racikané bumbu lanlenga wangi, sing arep dienggo mborèhisarirané Gusti Yésus. Ésuké, sarèhnédina Sabbat, wong-wong mau padhaora nerusaké enggoné nyambut-gawé,jalaran padha netepi angger-anggeringdina Sabbat.

241 Ing dina Minggu ing wayah ésukumun-umun, wong-wong wadon

mau padha lunga menyang pesaréan,karo nggawa reracikan sing arep kanggomborèhi layoné Gusti Yésus.2Bareng wis tekan pesaréan padhaweruh, yèn watu sing kanggo nutupipesaréané wis ngglimpang saka ingpanggonané.3Wong-wong wadon mau nuli padhamlebu ing pesaréan, nanging layoné wisora ana.4Nalika isih padha ngadeg ana ing konolan bingung ngrasakaké kaanan mau,dumadakan ana priya loro, nganggosandhangan mengkilap, ngadeg ana ingsacedhaké.

LUKAS 24.5–10 1895Wong-wong wadon mau padha wedibanget, banjur sumungkem ana inglemah. Priya loro mau nuli padhangandika: "Yagéné kowé padha nggolèkiPanjenengané kang gesang, ana ingantarané wong mati?6Panjenengané ora ana ing kéné, wiswungu! Padha élinga pangandikanémarang kowé, nalika Panjenengané isihana ing tanah Galiléa,7pangandikané: ‘Putraning Manungsawis pinesthi diulungaké marangtanganing wong dosa, banjur bakaldisalib, lan sawisé kuwi nuli ing telungdinané bakal tangi menèh.’"8Wong-wong wadon mau nuli padhakèlingan marang pangandikané GustiYésus mau.9Satekané saka pesaréan nuli padhanyritakaké lelakon kuwi mau kabèhmarang para muridé Gusti Yésus.10Wong-wong wadon sing padhanyritakaké lelakon mau yakuwi: MaryamMagdaléna, Yohana lan Maryam ibunéYakobus, lan wong wadon liyané singpadha bebarengan karo wong-wongmau.

LUKAS 24.11–17 19011Nanging para rasul padha orangandel marang critané wong-wongkuwi, dianggep mung gawé-gawé.12Pétrus nuli lunga rerikatan menyangpesaréan. Bareng nginguk menjero,mung weruh ulesé mori thok sing anaing kono. Saka gumuné, Pétrus mungmlongo, nuli mulih lan mikir-mikir, apakira-kira sing mentas kelakon ana ingpesaréan kono.13 Ing dina kuwi ana sekabaté GustiYésus loro sing lagi mlaku menyangdésa Émaus. Désa Émaus kuwi adohékira-kira rolas kilomèter saka kuthaYérusalèm.14Karo mlaku wong loro mau padhangrembug bab sing mentas kelakon.15Sajroné isih padha guneman mauGusti Yésus piyambak rawuh lanmbarengi lakuné.16Wong loro mau padha weruh GustiYésus, nanging embuh apa sebabépadha pangling karo Panjenengané.17Gusti Yésus banjur ngandika: "Kowékuwi lagi padha ngrembug apa?" Wongloro mau nuli padha mandheg lan katonsedhih.

LUKAS 24.18–22 19118Sing siji, sing jeneng Kléopas,mangsuli: "Kula kinten namungPanjenengan piyambak, tiyang mancaing kitha Yérusalèm, ingkang mbotenmangertos kedadosan-kedadosaningkang mentas kelampahan, ingsalebetipun sawetawis dinten menika."19Pangandikané Gusti Yésus: "Kuwilelakon apa?" Aturé sing didangu:"Menika lelampahanipun Gusti Yésus,saking kitha Nasarèt, nabi ingkangkwaos sanget ing pendamel lan ingpiwucal, sarta tiyang ingkang kajènwonten ing ngarsanipun Gusti Allah laning antawisipun manungsa.20Para pengajenging imam tuwinpara pengajenging bangsa kita samindhawahaken paukuman pejah dhatengnabi wau, lajeng dipun salib.21Mangka kula sedaya rumiyin gadhahpengajeng-ajeng, bilih Panjenenganipunmenika ingkang badhé ngluwari bangsaIsraèl! Dinten menika sampun tigangdintenipun prekawis wau sedayakedadosan.22Namung kémawon lajeng wontencariyos, ingkang dipun cariyosakendéning tiyang èstri sawetawis

LUKAS 24.23–27 192

panunggilan kita, ingkang damelkula sami kagèt sanget. Énjing waunalika taksih umun-umun, tiyang-tiyangèstri wau sami dhateng pesaréan,23nanging wonten ing ngriku layonipunGusti Yésus mboten wonten. Lajeng samiwangsul, lan sanjang, bilih sami sumerepmalaékat kalih. Malaékat-malaékatmenika sami ngandika, bilih Gusti Yésusmenika sampun wungu saking séda.24Nunten wonten kanca kula sawetawisingkang sami dhateng pesaréan, lanneksèni bilih menapa ingkang dipuncariyosaken déning tiyang-tiyang èstrimenika pancèn leres mekaten, nangingkanca-kanca wau mboten sami sumereppiyambak."25Gusti Yésus nuli ngandika marangwong loro mau: "Kowé kokbodho temenlan angèl temen precaya marang apasing wis dingandikakaké déning paranabi!26Sang Kristus rak wis pinesthinandhang sangsara, lan sawisé kuwi lagikamulyakaké!"27Gusti Yésus nuli nerangaké marangwong loro mau bab apa sing wisdisebutaké ana ing Kitab Suci mungguh

LUKAS 24.28–32 193

Sang Kristus, wiwit saka Kitab-kitabéNabi Musa nganti tekan Kitab-kitabéPara Nabi liyané.28Bareng wis cedhak ing désa sing arepdiparani, Gusti Yésus kaya-kaya arepnerusaké tindaké.29Nanging wong loro mau padhanyandhet Panjenengané: "Kula aturimampir ing griya kula, awit sampunserap, sekedhap malih sampun peteng."Gusti Yésus nuli mlebu ing omahé wongloro mau.30Bareng lungguh bebarengan arepmangan, Gusti Yésus nuli mundhutroti lan ndedonga, saos panuwunmarang Gusti Allah. Sawisé kuwi banjurnyuwil-nyuwil roti, sarta diulungakémarang wong loro mau.31Sanalika iku uga wong loro maumripaté kabukak, temah mari panglingékaro Panjenengané. Nanging GustiYésus nuli ngilang saka ing pandelengéwong-wong mau.32Wong loro mau nuli padha kandha:"Wah krasa tenan atiku dhèk mau, nalikangrungokaké Panjenengané nerangakéisining Kitab-kitabé Musa lan Para Nabi.Pangandikané ngyakinaké temenan."

LUKAS 24.33–39 19433Sanalika iku uga wong loro maunuli ngadeg lan bali menyang kuthaYérusalèm. Ana ing kana padha ketemupara sekabaté Gusti Yésus wong sewelas,wis padha ngumpul karo murid-muridliyané.34Sing padha ngumpul mau padhamuni: "Gusti wis wungu temenan!Panjenengané wis ngetingal marangSimon!"35Wong loro sing saka désa Émausmau nuli uga nyritakaké marang paramurid sing padha nglumpuk mau, babapa sing wis dialami dhéwé, lan enggonéora pangling karo Gusti Yésus, barengGusti nyuwil-nyuwil roti.36Nalika isih padha guneman bab kuwimau kabèh, dumadakan Gusti Yésuspiyambak jumeneng ana ing tengahépara murid mau, lan ngandika: "Tentremrahayu anaa ing kowé!"37Murid-murid kabèh padha kagètcampur wedi, lan ngira weruh memedi.38Nanging Gusti Yésus nuli ngandika:"Yagéné kowé padha wedi, lan généakowé padha mangu-mangu?39Delengen tangan-Ku lan sikil-Ku.Iki Aku dhéwé! Padha grayangana lan

LUKAS 24.40–45 195

setitèkna, sebab memedi rak ora duwédaging lan balung, kaya sing kokdelengana ing Aku iki."40Sajroné ngandika mengkonokuwi Gusti Yésus nedahaké asta lansampéyané.41Sarèhné ana sawetara murid sing isihdurung ngandel merga saka bungahélan gumuné, Gusti Yésus nuli ngandika:"Apa ing kéné kowé duwé sing kenadipangan?"42Para murid mau banjur ngaturakéiwak goréngan sairis.43 Iwak mau nuli ditampani déning GustiYésus lan didhahar ana ing ngarepé paramurid mau.44Sawisé kuwi Gusti Yésus nulingandika marang para murid: "Prekara-prekara iki wis Dakkandhakaké marangkowé nalika Aku isih bebarengan karokowé, yakuwi yèn kabèh sing wis ditulisbab Aku ana ing Kitab Torèté Nabi Musalan Kitabé Para Nabi, tuwin Masmur,kuwi kabèh kudu kelakon."45Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli mbukaknalaré wong-wong mau, supaya padhangerti marang Kitab Suci.

LUKAS 24.46–51 19646Pangandikané: "Ana ing Kitab Suciana tulisan, yèn Sang Kristus kuwipinesthi nandhang sangsara, lan wungumenèh ing telung dinané.47Uga wis ditulis, yèn atas AsmanéSang Kristus, bakal diwartakaké marangpara bangsa kabèh, yèn Gusti Allahmaringi pangapuraning dosa marangwong sing padha mratobat saka dosa-dosané. Pawarta kuwi bakal diwartakakéwiwit saka kutha Yérusalèm.48Déné kowé sing padha dadi seksinébab prekara kuwi mau kabèh.49Lan Aku dhéwé bakal maringakémarang kowé, apa sing wis dijanjèkakédéning Rama-Ku. Nanging kowé tetepaana ing kutha kéné dhisik, nganti kowéwis padha diparingi kasektèn saka ingngaluhur."50Sawisé mengkono Gusti Yésus nulingajak para sekabat metu saka ing kuthaYérusalèm, menyang ing sacedhakédésa Bètani. Ana ing kono Gusti Yésusnuli ngangkat astané lan mberkahi parasekabat.51Sajroné mberkahi mau, Gusti Yésuskaangkat menyang swarga, pisah karopara sekabaté.

LUKAS 24.52–53 19752Para sekabat nuli padha sujudnyembah marang Panjenengané, nulipadha bali menyang kutha Yérusalèmklawan bungah banget.53Para sekabat mau tansah padha anaing Pedalemané Allah lan ngluhurakéGusti Allah.

Yohanes

11Sadurungé jagad dititahaké, SangSabda wis ana. Sang Sabda mau

tetunggilan karo Gusti Allah, sarta SangSabda kuwi pancèn Allah.2Sadurungé jagad iki ana, Sang Sabdawis nunggil karo Gusti Allah.3Lan lantaran Sang Sabda mau GustiAllah nitahaké samubarang kabèh. Oraana barang siji waé ing alam donya ikising ora dititahaké déning Sang Sabda.4Sang Sabda kuwi sumbering uripésakèhing titah sing ana ing donya iki, landadi pepadhanging para manungsa.5Pepadhang sumunar ana ingpepeteng, lan pepeteng ora bisangalahaké Pepadhang mau.6Gusti Allah ngutus utusané, jenengéYohanes.7Tekané Yohanes nggawa pawartabab Sang Pepadhang mau marangwong kabèh, supaya wong-wong padhaprecaya marang Sang Pepadhang.

YOHANES 1.8–14 28Yohanes dhéwé dudu Sang Pepadhang,awit tekané Yohanes didhawuhinyritakaké bab Sang Pepadhang.9Panjenengané kuwi Sang Pepadhangsing sejati, sing rawuh ing donya lanmadhangi wong kabèh.10Sang Sabda wis ana ing jagad.Lan senajan jagad dititahaké déningGusti Allah lantaran Sang Sabda,éwasemono jagad mau ora wanuhmarang Panjenengané.11Sang Sabda ngrawuhi bangsanédhéwé, nanging bangsané mau padhanampik marang Panjenengané.12Éwasemono uga ana wong-wong singpadha nampani lan precaya. Wong-wongmau padha diparingi wewenang dadiputrané Allah.13Enggoné dadi para putrané Allah mauora merga dilairaké déning manungsa,lair saka karepé wong lanang, nangingsaka kersané Allah.14Sang Sabda wis dadi manungsa,manggon awor karo kita. Kita wis padhandeleng kamulyané Sang Manungsamau. Iya kamulyan kang kaparingakémarang Putraning Allah Sang Rama,Putra ontang-anting. Kamulyané Sang

YOHANES 1.15–18 3

Putra mau mengkéné: Lantaran SangPutra mau Gusti Allah wis mratélakakéSarirané piyambak lan katresnanémarang kita sakatogé.15Nabi Yohanes neksèni mungguhSang Putra mau karo ngandika sora:"Ya iki wong sing dakkarepaké nalikaaku kandha: ‘Panjenengané rawuhsamburiku, nanging Panjenenganéluwih dhisik tinimbang karo aku’, sebabPanjenengané wis ana, sadurungé akulair."16Sih-rahmaté Sang Putra mau gedhébanget. Saka lubèring sih-rahmaté,Sang Putra tansah mberkahi kita kabèhora kendhat-kendhat.17Gusti Allah maringaké Kitab Torètlantaran Nabi Musa, nanging lantaranGusti Yésus Kristus, Gusti Allahmratélakaké sarirané piyambak sartasih-katresnané marang kita.18Ora ana wong siji waé sing wis tauweruh Gusti Allah. Nanging PutranéAllah ontang-anting, sing jumenengAllah piyambak, lan sing tetunggilankaro Sang Rama, kuwi sing ngetingalakéGusti Allah marang kita.

YOHANES 1.19–22 419Para penggedhéné wong Yahudi ingkutha Yérusalèm kongkonan imam-imamlan wong-wong turunané Lèwi maraniNabi Yohanes, dikon takon marang nabimau: "Panjenengan menika sejatosipunsinten?"20Nabi Yohanes emoh goroh,Panjenengané kanthi barès ngandika:"Aku dudu Sang Kristus."21Pitakoné wong-wong mau: "Menawimekaten, lajeng Panjenengan menikasinten? Menapa panjenengan menikaNabi Élia?" Wangsulané Nabi Yohanes:"Dudu." Pitakoné menèh: "Menapapanjenengan menika Sang Nabi?"a "Ugadudu," mengkono wangsulané NabiYohanes.22Wong-wong mau padha pitakonmenèh: "Menawi mekaten panjenengankersaa blaka, panjenengan menikasinten, supados kula saged nerangakendhateng tiyang-tiyang ingkangkèngkènan kula mriki."

aSang Nabi: Tegesipun ing ngriki: Nabi ingkangkaweca badhé dhateng sadèrèngipun SangMèsias utawi Kristus. Mirsanana Ul 18:15, 18;Yoh 6:14.

YOHANES 1.23–29 523Nabi Yohanes nuli mangsuli nganggoayat saka Kitabé Nabi Yésaya: "Akuiki swara sing ngumandhang ana ingara-ara samun: ‘Dalan sing kagem Gustipadha ratanen!’"24 Ing antarané wong-wong sing padhatakon mau ana sing dikongkon déningwong Farisi.25Wong-wong kuwi padha takonmarang Nabi Yohanes: "Menawipanjenengan sanès Sang Kristus, sanèsNabi Élia, utawi nabi sanèsipun, menapasebabipun panjenengan mbaptisitiyang?"26Wangsulané Nabi Yohanes: "Akumbaptis nganggo banyu, nanging ingantaramu ana Wong, sing kowé orawanuh.27Wong kuwi tekané samburiku,nanging nguculi taliné trumpahé waéaku ora patut."28 Iki kedadéané ana ing désa Bètani,ing sisih wétané Kali Yardèn, yakuwipanggonané Nabi Yohanes mbaptisiwong-wong.29Ésuké Nabi Yohanes weruh GustiYésus rawuh marani dhèwèké. NabiYohanes nuli ngandika: "Delengen, kuwi

YOHANES 1.30–34 6

Cempéning Allah, sing nebus dosanéjagad.30Ya Panjenengané kuwi singdakkandhakaké bakal rawuh samburiku.Nanging Panjenengané mau luwih dhisiktinimbang aku, sebab Panjenengané wisana sadurungé aku lair.31Mauné aku durung wanuh karoPanjenengané, nanging supayabangsa Israèl padha wanuh marangPanjenengané, aku diutus mrénémbaptis nganggo banyu."32Paseksiné Nabi Yohanes babPanjenengané mengkéné: "Aku weruhRohé Allah tumurun saka ing langit kayamanuk dara, banjur andhokb ana ingPanjenengané.33Nalika semana aku ora wanuh karoPanjenengané, nanging Gusti Allah singndhawuhi aku mbaptis nganggo banyu,Panjenengané sing ngandika marangaku, ‘Menawa kowé ndeleng Rohé Allahnedhaki sawijining Wong lan manggonana ing Wong mau, Wong kuwi singbakal mbaptis nganggo Rohé Allah.’34Aku wis nyipati lelakon mau,"mengkono pangandikané Nabi Yohanes,

bandhok: mboten késah-késah saking ngriku.

YOHANES 1.35–39 7

"Padha ngandela yèn Panjenengané kuwipancèn Putraning Allah."35Ésuké Nabi Yohanes wis ana ingpanggonan mau menèh, karo muridéloro.36Bareng weruh Gusti Yésus liwat,Nabi Yohanes nuli ngucap mengkéné:"Delengen, Panjenengané kuwiCempéning Allah, sing bakal dienggokurban!"37Bareng muridé Nabi Yohanes padhakrungu pangandika sing mengkono mau,nuli padha mangkat ndhèrèkaké tindakéGusti Yésus.38Gusti Yésus nolèh lan pirsa wong loromau padha ndhèrèkaké Panjenengané,nuli ngandika: "Kowé padha nggolèkisapa?" Aturé para murid mau: "Rabbi,c

dalem Panjenengan wonten pundi?"39 "Ayo, mèlua Aku, nyatakna dhéwé,"dhawuhé Gusti Yésus. Wong loro maunuli padha ndhèrèk lan ndeleng omahsing didalemi Gusti Yésus. Ing dinakuwi murid loro mau padha nginep anaing kono. (Nalika semana kira-kira jampapat soré.)

c‘Rabbi’: Tembung Ibrani, ingkang tegesipun:‘Guru’.

YOHANES 1.40–45 840Murid loro sing padha krungupangandikané Nabi Yohanes lan wisbebarengan karo Gusti Yésus nilikidalemé mau, sing siji jenengé Andréas,seduluré Simon Pétrus.41Andréas nuli énggal-énggal nemoniSimon, kandhané: "Aku wis padhaketemu karo Sang Mèsias!d Juru Slametsing dijanjèkaké déning Gusti Allah."42Andréas nuli ngeteraké Simon sowanGusti Yésus. Sawisé mirsani Simon,Gusti Yésus nuli ngandika: "Kowé Simon,anaké Yohanes. Kowé bakal disebut‘Kéfas’."e43Ésukè Gusti Yésus ngersakaké tindakmenyang tanah Galiléa. Ana ing kanaketemu karo Filipus. Pangandikané GustiYésus marang Filipus: "Mèlua Aku."44 (Filipus asalé saka kutha Bètsaida,yakuwi kutha asalé Andréas lan Pétrus.)45Sawisé kuwi Filipus nuli nggolèkiNatanaèl, Filipus kandha karo Natanaèl:"Aku wis ketemu karo wong sing disebutdéning Nabi Musa ing Kitab Torèt, singuga disebut déning para nabi ana ing

d‘Mèsias’ utawi Mèsiah: tegesipun ‘Jinebadan’.e‘Kéfas’: Tembung Ibrani; basanipun Yunani:"Pétrus," tegesipun "watu karang."

YOHANES 1.46–51 9

Kitabé Para Nabi. Wong kuwi jenengéYésus, anaké Yusuf, wong Nasarèt."46Nanging Natanaèl mangsuli: "SakaNasarèt apa ana barang sing becik?"Wangsulané Filipus: "Wis ta, delengendhéwé."47Gusti Yésus pirsa Natanaèl sowan ingngarsané, banjur ngandika: "Iki wongIsraèl sejati, wong sing jujur!"48Aturé Natanaèl: "Saking sinten Gurupirsa kawontenan kula?" PangandikanéGusti Yésus: "Sadurungé Filipus ngajakkowé, yakuwi nalika kowé isih ana ingsangisoré wit anjir, Aku wis weruh kowé."49Aturé Natanaèl: "Guru, Panjenenganmenika Putraning Allah! Ratunipunbangsa Israèl!"50Gusti Yésus ngandika: "Apaenggonmu precaya kuwi merga Akukandha, yèn Aku wis weruh kowé nalikakowé isih ana ing sangisoré wit anjir?Kowé bakal ndeleng lelakon-lelakon singluwih élok ketimbang iki."51Gusti Yésus banjur ngandika marangpara murid mau: "Ngandela! Kowébakal padha weruh langit kabukaklan weruh para Malaékaté Pangéran

YOHANES 2.1–7 10

padha munggah-mudhun sowan marangPutrané Manungsa."

21Let rong dina, ing kutha Kana,tanah Galiléa, ana wong duwé gawé.

Ibuné Gusti Yésus jagong mrono.2Semono uga Gusti Yésus lan paramuridé padha diulemi.3Bareng angguré entèk kabèh, ibunéGusti Yésus nuli ngandika marangPanjenengané: "Padha kentèkananggur."4Gusti Yésus ngandika: "Ibu, sampunndhawuhi kula nindakaken menapa-menapa, jalaran samenika dèrèngdumugi wekdalipun."5 Ibuné Gusti Yésus mau nuli ngandikamarang para peladèn: "Apa singdidhawuhaké Yésus marang kowé, padhalakonana!"6 Ing kono ana genthong wadhah banyuenem, sing disedhiyakaké kanggo sesuci,manut prenatané agama Yahudi. Sabengenthong mau bisa amot wolung puluhtekan satus liter.7Gusti Yésus ndhawuhi marang parapeladèn: "Genthong-genthong kuwipadha isènana banyu." Para peladèn nuli

YOHANES 2.8–11 11

ngisèni genthong-genthong mau ngantikebak.8Sawisé kuwi Gusti Yésus ngandika:"Saiki nyidhuka banyu kuwi sethithiklan aturna marang pemimpining pésta!"Peladèn mau banjur nindakaké apasadhawuhé.9Pemimpining pésta banjur ngicipibanyu mau, sing saiki wis malih dadianggur. (Pemimpining pésta ora ngertisaka endi asalé anggur mau, awit mungpara peladèn sing padha ngisèkakébanyu ana ing genthong-genthong kuwiwaé sing padha ngerti.) Pemimpiningpésta nuli ngaturi pirsa marangpengantèn lanang,10banjur matur: "Limrahipun ingkangdipun ladosaken rumiyin menika angguringkang éca, lan menawi para tamusampun ngunjuk radi kathah, lajengsaweg anggur ingkang limrah. Nangingmenapa sebabipun anggur ingkangsaé kokpanjenengan simpen lan sawegkaladosaken samenika?"11 Iki mujijat sing kawitan, singditindakaké Gusti Yésus, kelakoné anaing kutha Kana, tanah Galiléa. Sranamujijat mau Gusti Yésus ngetingalaké

YOHANES 2.12–17 12

kamulyané; mulané para murid nulipadha precaya marang Panjenengané.12Sakonduré saka ing kono, GustiYésus, ibuné, lan sedulur-seduluré,banjur tindak menyang Kapèrnaum sartanginep ana ing kono sawetara dina.13Bareng wis nyedhaki Riaya Paskahéwong Yahudi, Gusti Yésus nuli tindakmenyang kutha Yérusalèm.14Ana ing Pedalemané Allah, GustiYésus mirsa ana wong lagi dol-tinukusapi, wedhus lan manuk dara; uga mirsatukang ngijoli dhuwit, padha lungguhana ing kono.15Gusti Yésus banjur damel pecutsaka tali, nuli nggusah kéwan-kéwanmau, dalasan wedhus-wedhus lansapi-sapi. Méja-méja panggonané wongpadha ngijolaké dhuwit digulingaké,nganti dhuwit-dhuwité mawut tekanngendi-endi.16Gusti Yésus nuli ndhawuhi marangwong sing padha adol manuk dara:"Manuk-manuk kuwi padha singkirnakabèh saka kéné. Pedalemané Rama-Kuaja padha kokenggo dodolan!"17Para sekabaté Gusti Yésus banjurpadha kèlingan ayat ing Kitab Suci sing

YOHANES 2.18–22 13

surasané: "Katresnan Kawula dhatengPedaleman Paduka menika kados latuingkang ngalad-alad!"18Para pengareping wong Yahudipadha madoni Gusti Yésus karo muni:"Cobi, kula aturi damel mujijat, ingkangmbuktèkaken, bilih Panjenengan wenangnindakaken ingkang kados mekatenmenika!"19Pangandikané Gusti Yésus:"Pedalemané Allah iki bungkaren,mengko sajroné telung dina bakalDakadegaké menèh."20Aturé wong-wong mau: "Laminipunmbangun Pedalemanipun Allah menikangantos kawan dasa nem taun, lhakokPanjenengan badhé ngedegakensalebetipun tigang dinten?"21Nanging Pedalemané Allah singdikersakaké déning Gusti Yésus kuwisarirané piyambak.22Mula nalika Gusti Yésus wungu sakaing séda para sekabaté padha kèlinganyèn Panjenengané naté ngandikamengkono. Para sekabat nuli padhaprecaya marang surasané Kitab-kitab,lan marang apa sing dipangandikakakédéning Gusti Yésus.

YOHANES 2.23–3.3 1423Nalika Gusti Yésus ana ing kuthaYérusalèm, sajroné Riaya Paskah, akèhwong sing padha precaya marangPanjenengané awit saka mujijat-mujijatsing ditindakaké.24Nanging Gusti Yésus piyambak oramaèlu marang precayané wong-wongmau, sebab Panjenengané pirsa atinésiji-sijiné wong.25Ora susah diaturi pirsa bab kaananésiji-sijiné wong mau, awit Panjenenganépirsa apa sing ana sajroning atinémanungsa.

31Ana wong Farisi, pemimpiningagama Yahudi, jenengé Nikodémus.

2 Ing wayah bengi Nikodémus mausowan Gusti Yésus, lan nyuwun pirsa:"Guru, kawula sami sumerep, bilihPanjenengan menika Guru, ingkangkautus déning Gusti Allah. Awitmboten wonten tiyang ingkang sageddamel mujijat-mujijat kados ingkangPanjenengan tindakaken, menawi GustiAllah mboten nunggil kaliyan tiyangwau."3Gusti Yésus nuli ngandika: "Élinga!Ora ana wong sing bisa ngrasakaké

YOHANES 3.4–10 15

Kratoné Gusti Allah, yèn wong mau orakalairaké menèh."4Aturé Nikodémus: "Kadospundi?Tiyang sampun diwasa rak mbotensaged lair malih? Tiyang wau rak mbotensaged mlebet ing wetenganing ibunipun,lajeng dipun lairaken malih?"5Pangandikané Gusti Yésus: "Menawawong ora dilairaké saka banyu lan sakaRohé Allah, wong mokal bisané ngalamiKratoné Gusti Allah.6Sing lair saka wong tuwa kita ana ingdonya, kuwi badan wadhag, nangingbadan rohani kita lairé saka Gusti Allahing swarga.7Aja gumun yèn Aku kandha: ‘Kowékabèh kudu kalairaké menèh.’8Lakuné angin kuwi manut sakarepédhéwé; kita krungu swarané, nangingora weruh sangkan parané. Semonouga kaanané wong sing dilairaké menèhdéning Rohé Allah."9Aturé Nikodémus: "Prekawis menikasagedipun kelampahan kadospundi?"10Pangandikané Gusti Yésus: "Kowékuwi guru sing misuwur ana ing tanahIsraèl, lah kokora ngerti prekara singmengkono?

YOHANES 3.11–16 1611Ngandela, Aku mung ngandhakaképrekara-prekara sing Dakngertèni, lanAku nerangaké prekara-prekara sing wisDakweruhi; nanging kowé padha oragelem precaya marang Aku.12Yèn Aku nyritakaké sing ana ingjagad iki waé kowé wis ora precaya,kepriyé bisamu precaya marang Aku,yèn Aku nyritakaké marang kowéprekara-prekara sing ana ing swarga?13Ora ana wong siji waé sing taumunggah swarga, nanging saka swargawis ana sing mudhun menyang bumi,yakuwi Putrané Manungsa.14Nalika ana ing ara-ara samun NabiMusa manjer ula tembaga ana ing kayu,iya kaya mengkono Putrané Manungsabakal dipanjer ana ing kayu,15 supaya saben wong sing precayamarang Panjenengané ngalami urip singsejati.16Awit saka gedhéning sih-katresnanéGusti Allah marang jagad, ngantiPanjenengané ngurbanaké Putranéontang-anting, supaya saben wong singprecaya marang Sang Putra mau oranemu karusakan, nanging ngalamanaurip langgeng.

YOHANES 3.17–22 1717Mulané enggoné Gusti Allah ngutusPutrané rawuh ing jagad kuwi ora supayadadi Hakim, nanging supaya dadi JuruSlameté jagad mau.18Sing sapa precaya marang SangPutra ora bakal diukum. Nanging singsapa ora precaya, kuwi wis diukum, awitwong kuwi ora precaya marang Putraontang-antingé Gusti Allah mau.19Déné sebabé mengkéné: pepadhangwis ana ing jagad, nanging manungsaluwih seneng karo pepeteng, ketimbangkaro pepadhang, awit penggawé-penggawéné ala.20Saben wong sing nglakoni piala,sengit karo pepadhang; wong mauora gelem marani pepadhang, supayapenggawéné sing ala mau aja ngantikonangan.21Nanging sing sapa mbangun-turutmarang kersané Allah, wong kuwi malahmarani pepadhang, supaya cetha yènapa sing dilakoni mau manut kersanéAllah."22Sawisé kuwi Gusti Yésus lan parasekabaté padha menyang tanah Galiléa.Ana ing kana nganti sawetara dina,

YOHANES 3.23–27 18

sarta mbaptisi wong-wong sing padhamratobat.23Nalika semono Nabi Yohanesdurung dilebokaké ing pakunjaran.Panjenengané mbaptis wong-wongana ing désa Ainon, ora adoh sakakutha Salim, sebab ing kana akèhbanyu. Wong-wong mau padha maranipanjenengané, nuli padha dibaptisi.24 (3:23)25Nalika semana ana sawetaramuridé Nabi Yohanes Pembaptis padhabebantahan karo wong Yahudi babPrenatan sesuci.26Para muridé Nabi Yohanes Pembaptismau padha matur: "Guru, menapaPanjenengan kèngetan dhateng tiyanging sabranging Lèpèn Yardèn, ingkangPanjenengan tedahaken dhateng kulakala semanten? Tiyang menika ugimbaptisi, lan tiyang sedaya sami mrika,murugi tiyang wau!"27Nanging Nabi Yohanes mangsuli:"Ora ana wong sing duwé apa-apa,yèn ora kaparingaké déning Gusti Allahmarang dhèwèké.

YOHANES 3.28–34 1928Kowé dhéwé wis padha krungutembungku: aku iki dudu Sang Kristus.Mung kadhawuhan ndhisiki tindaké.29Pengantèn wadon kuwi duwèképengantèn lanang. Kancané pengantènlanang mung ngadeg, ngancani lanngrungokaké; wong mau wis seneng yènkrungu swarané pengantèn lanang. Kayamengkono uga aku. Saiki aku senengbanget.30Wis samesthiné yèn Panjenenganésaya mundhak, lan aku saya suda."31 "Sing rawuh saka ing ngaluhurkuwi ngungkuli sekabèhé. Sing asalésaka jagad iki kegolong wong-wongjagad lan sing diomongaké ya prekara-prekara sing magepokan karo jagad.Panjenengané sing pinangkané saka ingngaluhur, kuwi ngungkuli sekabèhé.32Panjenengané ngandikakaké apasing wis dipirsani lan wis dipirengaké,nanging ora ana wong siji waé singprecaya marang pawartané.33Wong sing padha precaya marangpangandikané, padha ngakoni yèn GustiAllah kuwi bener.34Wong sing diutus déning Gusti Allahkuwi nggawa pawarta saka Gusti Allah,

YOHANES 3.35–4.5 20

sebab Gusti Allah wis maringaké Rohémarang utusané mau tanpa wangenan.35Sang Rama ngasihi marang SangPutra lan wis masrahaké samubarangkabèh marang Sang Putra.36Wong sing precaya marang SangPutra ngalami urip sejati. Nanging wongsing ora precaya marang Sang Putra orabakal ngalami urip sejati, lan bebendunéGusti Allah tetep nempuh marang wongmau."

41Wong Farisi padha krungu yènGusti Yésus olèh murid lan mbaptisi

wong luwih akèh ketimbang karo NabiYohanes.2 (Satemené Gusti Yésus dhéwé orambaptis; sing mbaptis para sekabat.)3Nalika pirsa yèn wong Farisi padhakrungu bab kuwi, Gusti Yésus nuli tindaksaka tanah Yudéa, menyang tanahGaliléa.4Tindaké mau ngersakaké miyos tanahSamaria.5 Ing tanah Samaria kono Gusti Yésusrawuh ing kutha Sikhar, ora adoh sakapalemahan, sing biyèn déning Yakubdiparingaké marang putrané sing jenengYusuf.

YOHANES 4.6–11 216 Ing kono ana sumuré Rama Yakub.Sarèhné sayah banget, Gusti Yésus nulilenggah ing pinggir sumur mau. Nalikasemana kira-kira jam rolas awan.7Nuli ana wong wadon Samaria tekaarep ngangsu. Gusti Yésus nuli ngandikamarang wong mau: "Aku wènèhanangombé."8Para sekabaté lagi padha lungamenyang kutha, tuku pangan.9Wong wadon Samaria mau mangsuli:"Panjenengan rak priyantun Yahudi lankula menika tiyang Samaria. Kéngingmenapa Panjenengan mundhut ngunjukdhateng kula?" (Awit wong Yahudi karowong Samaria padha sesengitan.)10Pangandikané Gusti Yésus: "Yènkowé ngerti bab ganjaran peparingéGusti Allah lan ngerti sapa sing njalukngombé marang kowé, mesthi kowédhéwé sing malah bakal njaluk ngombémarang wong mau lan wong kuwi bakalmènèhi kowé banyu sing marakakéurip."11Aturé wong wadon mau:"Panjenengan mboten kagungan timba,mangka sumur menika lebet sanget.

YOHANES 4.12–17 22

Saking pundi enggèn Panjenengan sagedmaringi toyaning gesang?12Sumur menika tilaranipun leluhurkita, Rama Yakub. Rama Yakubpiyambak ngunjuk saking toya sumurmenika, mekaten ugi para putra lanraja-kayanipun. Menapa Panjenenganngungkuli leluhur kita Yakub?"13Pangandikané Gusti Yésus: "Kabèhwong sing ngombé banyu iki bakalngelak menèh,14nanging wong sing ngombé banyusing Dakwènèhaké, selawasé ora bakalngelak. Awit banyu sing Dakwènèhakékuwi bakal dadi sumber sing mili terus,lan ndadèkaké wong mau lestari urip ingselawasé!"15Aturé wong wadon mau: "Kula mbokPanjenengan paringi toya menika,supados kula mboten ngelak malih, lanmboten prelu ngangsu mriki."16Pangandikané Gusti Yésus: "Lungaa,bojomu undangen lan balia mréné."17Aturé wong wadon mau: "Kulamboten gadhah sémah." PangandikanéGusti Yésus: "Pancèn bener kandhamu:‘Kula mboten gadhah sémah,’

YOHANES 4.18–23 2318 sebab kowé wis kawin karo wonglanang lima, lan wong lanang singsaiki urip bebarengan karo kowé,kuwi satemené dudu bojomu. Mulané,kandhamu mau bener."19 "Samenika kula sumerep, bilihPanjenengan menika Nabi," aturé wongwadon mau.20 "Leluhur kula sami manembah GustiAllah wonten ing redi menika, nangingbangsa Panjenengan, bangsa Yahudi,criyos bilih panggènanipun tiyangmanembah Gusti Allah menika namungwonten ing kitha Yérusalèm kémawon."21Pangandikané Gusti Yésus:"Ngandela. Bakal ana wektuné wongmanembah marang Gusti Allah ora anaing gunung iki lan uga ora ana ing kuthaYérusalèm.22Kowé wong Samaria padha ora ngertisapa sing koksembah, nanging Akuwong Yahudi ngerti, sebab keslametankuwi tekané lantaran wong Yahudi.23Bakal ana wektuné, malah saiki wiskelakon, wong-wong sing nyembahmarang Sang Rama kanthi temenan,kuwi panyembahé klawan Roh Suci lankanthi jujuring ati. Sebab iya srana

YOHANES 4.24–29 24

patrap mengkono kuwi Sang Rama kersadisembah.24Gusti Allah kuwi Roh, lan wong singarep nyembah marang Gusti Allah kudunyembah Panjenengané kaya sapamisikéRoh."25Wong wadon mau nuli matur marangGusti Yésus: "Kula sumerep bilih SangKristus badhé rawuh. Menawi rawuh,Panjenenganipun badhé nerangakensamukawis dhateng kita."26Pangandikané Gusti Yésus: "IyaAku, sing lagi ngandikan karo kowé ikiPanjenengané."27Nalika semana para sekabaté GustiYésus padha teka. Wong-wong maupadha gumun weruh Gusti Yésusngandikan karo wong wadon. Nangingora ana siji waé sing nyuwun pirsa:"Panjenengan ngandikan bab menapa?"Utawa: "Menapa sebabipun Panjenenganngandikan kaliyan tiyang èstri menika?"28Wong wadon mau nuli ninggalklenthingé ana ing kono, banjur énggal-énggal lunga menyang kutha, sartakandha karo wong-wong ing kutha,29 "Ayo padha ndelenga, ing kana anaWong sing ngandikakaké lelakonku

YOHANES 4.30–36 25

kabèh marang aku. Bisa uga kuwi SangKristus!"30Wong-wong mau nuli padha metusaka kutha marani Gusti Yésus.31Nalika semana para sekabaté GustiYésus ngaturi dhahar, aturé: "Guru,mangga kula aturi dhahar rumiyin!"32Nanging Gusti Yésus ngandika: "Akuduwé pangan sing ora kokngertèni."33Para sekabat nuli padha takon-tinakon: "Apa ana wong sing nyaosidhahar?"34Gusti Yésus banjur ngandika:"Pangan-Ku, yakuwi nindakaké kersanéGusti Allah, sing ngutus Aku, lanngrampungaké pegawéan sing wajibDaklakoni.35Kowé padha muni: ‘Isih patang sasiengkas, lagi panèn.’ Nanging kowépadha Dakkandhani: Padha ngungakaing sawah-sawah. Pariné wis padhakuning, wis wayahé dienèni!36Wong-wong sing padha derep kuwisaiki padha nampa bawon lan padhanglumpukaké asilé pegawéané, yakuwiurip langgeng. Kuwi sebabé wongsing nyebar lan wong sing ngundhuhloro-loroné padha bungah bebarengan.

YOHANES 4.37–42 2637Tumraping prekara iki ana paribasan:‘Wong liya sing nandur, wong liyanémenèh sing ngenèni.’38Kowé padha Dakutus ngenèni ingsawah, sing digarap déning wong liya;wong liya sing nggarap lan kowé singngenèni pametuning garapané."39Akèh wong Samaria ing kutha kono,sing padha precaya marang Gusti Yésus,merga wong wadon mau kandha:‘Panjenengané wis mbèbèraké marangaku, samubarang sing wis tau daklakoni.’40Wong-wong Samaria bareng wisketemu karo Gusti Yésus, banjurpadha nyuwun kanthi banget, supayaPanjenengané kersa pinarak ing omahéwong-wong mau. Gusti Yésus kèndel anaing kono nganti rong dina.41Sawisé kuwi saya akèh menèhwong sing padha precaya merga sakapiwulangé Gusti Yésus piyambak.42Wong-wong Samaria kuwi padhakandha karo wong wadon mau: "Saikiaku padha precaya marang Gusti Yésus,ora mung merga saka paseksimu,nanging merga aku dhéwé wis padhangrungokaké pangandikané, lan ngerti

YOHANES 4.43–47 27

yèn Panjenengané kuwi pancèn SangKristus."43Sawisé kèndel ana ing tanah Sikharrong dina, Gusti Yésus nuli tindakmenyang tanah Galiléa.44Panjenengané wis ngandika: "Nabikuwi yèn ana ing negarané dhéwé orakajèn."45Nanging nalika tekan ing tanahGaliléa, wong-wong ing kana padhanampa Panjenengané klawan bungah,sebab nalika padha ana ing kuthaYérusalèm, yakuwi nalika Riaya Paskah,wong-wong mau wis padha weruh apasing dhèk semana ditindakaké déningGusti Yésus.46Gusti Yésus nuli tindak menèhmenyang kutha Kana, ing tanah Galiléa,panggonan enggoné Panjenenganédamel mujijat banyu dadi anggur. Ingkono ana sawijining pegawé kraton, singanaké lagi lara ing Kapèrnaum.47Nalika krungu yèn Gusti Yésusrawuh saka tanah Yudéa menyangtanah Galiléa, wong mau nuli sowaning ngarsané Gusti Yésus, sartanyuwun, supaya kersa tindak menyang

YOHANES 4.48–54 28

Kapèrnaum, marasaké anaké, sing wismèh mati.48Gusti Yésus ngandika marang pegawékraton mau: "Apa kowé durung precaya,yèn durung ndeleng mujijat-mujijat lankaélokan-kaélokan."49Wangsulané pegawé kraton mau:"Kula aturi énggal tindak, Guru,mumpung anak kawula dèrèng pejah."50Dhawuhé Gusti Yésus: "Wis balia,anakmu urip." Wong mau precayamarang pangandikané Gusti Yésus,banjur mulih.51Nalika lagi mlaku mulih, ana abdinésawetara padha methukaké lan matur:"Keng putra sampun saras."52Pegawé kraton mau nuli nakokakéjam pira anaké wiwit waras. Para abdimau padha mangsuli: "Kala wingiwetawis jam kalihwelas bentèripun ical."53Bapakné mau banjur kèlingan yèning wayah kuwi Gusti Yésus ngandikamarang dhèwèké, ‘Anakmu urip’. Pegawékraton mau sebrayaté kabèh nuli padhaprecaya marang Gusti Yésus.54Kuwi lelakon sing kaping pindhoné,sing ditindakaké déning Gusti Yésus ana

YOHANES 5.1–6 29

ing Galiléa, sawisé Panjenengané rawuhsaka tanah Yudéa.

51Sawisé kuwi mbeneri riayané wongYahudi, Gusti Yésus tindak menyang

kutha Yérusalèm.2 Ing kutha Yérusalèm kono, ingsacedhaké gapura, sing karan ‘GapuraWedhus’, ana blumbangé. Ing basaIbrani blumbang mau diarani: ‘Bèthèsda.’Blumbang mau dikubengi èmpèr lima.3Èmpèr mau kebak wong sing padhagumléthak; ana sing wuta, ana singpincang, lan ana sing lumpuh. [Wongkabèh mau padha ngentèni banyunéblumbang mau kocak.4Sebab ana Malaékaté Pangéran singmudhun menyang blumbang mau, sartangocakaké banyuné. Yèn banyuné lagikocak, wong lara sing dhisik dhéwényemplung ing blumbang, bakal mari,ora preduli apa lelarané.]5 Ing panggonan mau, ana wong lanangsing olèhé lara wis telung puluh wolutaun lawasé.6Gusti Yésus pirsa wong maugumléthak ana ing kono, lan uga pirsayèn wong mau olèhé lara wis suwébanget. Mulané Gusti Yésus ngandika

YOHANES 5.7–12 30

marang wong mau: "Apa kowé kepénginwaras?"7Wong kuwi nuli matur: "Guru, kulamenika mboten gadhah réncang ingkangsaged nyemplungaken kula wontening blumbang, samangsa toyanipunblumbang menika kocak. Lan salebetipunkula saweg nyobi badhé nyemplung ingblumbang, sampun wonten tiyang sanèsingkang ngrumiyini."8Gusti Yésus nuli ngandika marangwong mau: "Tangia, mlakua, klasamugawanen!"9Sanalika wong mau dadi waras. Banjurmlaku karo nggawa klasané. Kelakonékuwi mau ing dina Sabbat.10Mulané para penggedhé Yahudingaruh-aruhi wong sing mentasdiwarasaké mau: "Saiki dina Sabbat.Kowé ora kena nggawa klasa, kuwi nerakprenataning agama."11Nanging wong mau mangsuli:"Kula dipun kèngkèn tiyang ingkangnyarasaken kula, dhawuhipun: ‘Mlakualan klasamu gawanen!’"12 "Sapa wongé sing akon kowé: ‘Mlakualan klasamu gawanen!’," pitakoné parapenggedhé marang wong mau.

YOHANES 5.13–17 3113Nanging wong sing diwarasaké mauora ngerti sapa jenengé sing marasakédhèwèké. Sebab ana ing kono wongéakèh banget, lan Gusti Yésus wisnylimpet ing antarané wong akèh, lantindak saka kono.14Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli ketemukaro wong sing diwarasaké mau ana ingPedalemané Allah, Panjenengané banjurdhawuh marang wong mau: "Kowé saikiwis waras, mulané dingati-ati, aja gawédosa menèh. Menawa kowé gawé dosamenèh, kowé bakal ngalami sing luwihabot ketimbang karo sing kokalamisaiki."15Wong mau nuli lunga, banjur kandhakaro para penggedhéné bangsa Yahudi,yèn sing marasaké dhèwèké kuwi GustiYésus.16Merga saka kuwi para penggedhémau padha arep nganiaya Gusti Yésus,sebab Panjenengané wis marasaké wonging dina Sabbat.17Nanging Gusti Yésus ngandikamarang wong-wong mau: "Rama-Ku orakendhat nyambut-gawé; mulané Aku yawajib tansah nyambut-gawé."

YOHANES 5.18–21 3218Pangandikané sing mengkono maumarakaké para penggedhé Yahudisaya nemen enggoné ngarah sédanéGusti Yésus. Enggoné padha tumindakmengkono mau ora mung merga GustiYésus nerak prenatané dina Sabbat,nanging uga merga Panjenenganéngandika yèn Gusti Allah kuwi Ramané.Kuwi ateges yèn Panjenenganémadhakaké sarirané karo Gusti Allah.19Gusti Yésus ngandika marang wong-wong mau mengkéné: "Aku kandhasatemené: Sang Putra ora nindakakéapa-apa saka kersané dhéwé. Mungapa sing dipirsani katindakaké déningSang Rama, yakuwi sing ditindakakéSang Putra. Sebab apa sing ditindakakédéning Sang Rama, kuwi uga singditindakaké déning Sang Putra.20Awit Sang Rama ngasihi Sang Putra.Sang Rama mau nedahaké sabarangsing ditindakaké piyambak marang SangPutra. Malah Sang Rama bakal nedahaképrekara-prekara sing luwih gedhé menèhmarang Sang Putra nganti kowé padhagumun.21Awit padha kaya Sang Rama enggonénangèkaké wong sing wis mati, lan

YOHANES 5.22–26 33

maringi urip marang wong-wongmau, mengkono uga Sang Putra kuwimaringi urip marang wong-wong singdikersakaké.22Sang Rama piyambak ora ngadilisapa-sapa, sebab sakèhé pangwasakanggo ngadili wis dipasrahaké marangSang Putra.23Enggoné Sang Rama nindakakémengkono mau supaya wong kabèhpadha ngurmati Sang Putra, padha karoenggoné ngurmati Sang Rama. Wongsing ora ngurmati Sang Putra, uga orangurmati Sang Rama, sing ngutus SangPutra.24Kowé padha Dakkandhani: Wong singngrungokaké tembung-Ku lan precayamarang sing ngutus Aku, wong kuwingalami urip sejati. Wong mau ora bakaldiukum, wis lolos saka ing pati lan mlebuing urip.25Padha ngandela: Bakal ana wektuné— malah saiki wis kelakon — wong matipadha krungu swarané Putrané Allah.Lan wong sing padha ngrungokaké bakalurip.26Sang Rama maringi urip marangsamubarang sing ana ing donya kéné;

YOHANES 5.27–30 34

kaya mengkono uga Sang Rama wismaringaké pangwasa marang Sang Putradadi sumbering urip, supaya maringi uripmarang samubarang sing ana ing donya!27Sang Rama wis maringi pangwasamarang Sang Putra nindakaképengadilan, sebab Panjenengané iyajumeneng Putraning Manungsa.28Aja gumun menawa kowé padhakrungu prekara iki, yakuwi yèn bakaltekan wektuné, sakèhing wong mati singana ing kubur bakal krungu swaranéSang Putra,29banjur padha metu saka kuburé.Kabèh wong sing nglakoni kabecikanbakal katangèkaké, supaya urip ingselawasé. Nanging wong sing nglakonipiala, bakal ditangèkaké prelu diukum."30 "Aku ora bisa nindakaké apa-apasaka karepku dhéwé. Enggon-Ku ngadilikuwi manut apa sing didhawuhakédéning Gusti Allah marang Aku. Mulanéputusan-Ku kuwi adil, awit Aku oranuruti karep-Ku dhéwé. Aku mungmanut kersané Sang Rama, sing ngutusAku.

YOHANES 5.31–36 3531Yèn Aku mènèhi paseksi tumrapawak-Ku dhéwé, paseksi-Ku kuwi orasah.32Nanging ana liyané menèh singmènèhi paseksi mungguh ing Aku, lanAku ngerti yèn paseksiné kuwi bener.33Kowé wis padha kongkonan wongmarang Nabi Yohanes Pembaptis,supaya takon bab Aku, lan Nabi YohanesPembaptis wis mènèhi paseksi singbener mungguh ing Aku.34Karep-Ku ora merga butuh paseksinémanungsa, nanging kandha-Kumengkono kuwi kanggo keslametanmu.35Nabi Yohanes kuwi kaya lampusing murub lan sing madhangi, lanmung sawetara mangsa kowé gelemkepadhangan sunaré lampu mau.36Nanging Aku duwé paseksi singluwih kuwat ketimbang karo paseksinéNabi Yohanes, yakuwi sakèhingpenggawé sing didhawuhaké déningSang Rama, sing kudu Daklakoni, lansing Daktindakaké saiki iki. Kabèhpenggawé sing Daktindakaké saiki kuwimbuktèkaké, yèn Aku iki diutus déningSang Rama.

YOHANES 5.37–44 3637Apa menèh Sang Rama sing ngutusAku uga wis maringi paseksi mungguhing Aku. Kowé durung tau padha krunguswarané, utawa weruh rupané.38Kowé padha ora gelem ngèstokaképangandikané, sebab kowé padha oraprecaya karo wong sing diutus déningSang Rama mau.39Kowé padha nyinau Kitab Suci, mergangira yèn srana nyinau Kitab Suci maukowé bakal olèh urip sejati. MangkaKitab Suci kuwi neksèni bab Aku!40Nanging kowé padha ora gelemmarani Aku supaya olèh urip sejati.41Aku ora kepéngin diurmati déningwong.42Nanging Aku ngerti kaananmu, yèning sajroning atimu kowé ora tresnamarang Gusti Allah.43Teka-Ku iki atas asmané Rama-Ku,nanging kowé padha nampik Aku.Menawa ana wong liya sing teka, atasjenengé dhéwé, kowé padha gelemnampa wong mau.44Kowé padha ora gelem precaya,sebab kowé padha duwé pamrih,kepéngin diurmati déning pepadhamu,

YOHANES 5.45–6.4 37

lan ora nggayuh kaurmatan kang sakaGusti Allah, sing asipat Tunggal.45Aja ngira yèn Aku bakal nggugatkowé ing ngarsané Sang Rama. Singnggugat kowé kuwi malah Nabi Musa,sing kokendel-endelaké.46Menawa kowé precaya temenan karoNabi Musa, kowé mesthi uga precayakaro Aku, sebab Nabi Musa nulis babAku.47Nanging yèn kowé padha ora precayamarang sing ditulis déning Nabi Musa,kepriyé bisamu precaya marang apa singDakkandhakaké?"

61Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli tindakmenyang sabrangé Tlaga Galiléa,

sing uga disebut: Tlaga Tibérias.2Akèh wong sing ndhèrèkakéPanjenengané, sebab wis padha ndelengmujijat-mujijat sing ditindakaké déningGusti Yésus, nalika Panjenenganémarasaké wong-wong lara.3Gusti Yésus nuli minggah ing gunung,banjur lenggah ana ing kono karo parasekabaté.4Nalika semana ngarepaké Paskah,riayané wong Yahudi.

YOHANES 6.5–10 385Bareng mirsani ngiwa-nengen, GustiYésus mirsa wong akèh gumrudugmarani Panjenengané. Gusti Yésusnuli ngandika marang Filipus: "Anaing ngendi enggoné bisa tuku pangan,kanggo wong kabèh iki?"6 (Enggoné Gusti Yésus ngandikamengkono mau mung kanggo nyobaFilipus; Gusti piyambak wis pirsa apasing arep ditindakaké.)7Filipus mangsuli: "Roti pengaoskalih atus dinarf dèrèng cekap kanggétiyang-tiyang menika, senajan sabentiyang namung dipun sukani sekedhik-sekedhik."8Sekabaté Gusti Yésus liyané, yakuwiAndréas, seduluré Simon Pétrus, matur,9 "Ing ngriki wonten laré jaler, ingkanggadhah roti sairg gangsal iji lan ulamloh kalih. Nanging menapa ginanipunkanggé tiyang semanten kathahipun?"10Gusti Yésus nuli dhawuh marang parasekabaté: "Wong-wong kabèh konenpadha linggih!" Ing panggonan kono

fdinar: arta Rumawi. Sedinar menika épahipuntiyang glidhig ingkang nyambut-damel sedintenmuput.gsair: bangsanipun canthèl.

YOHANES 6.11–15 39

suketé akèh banget. Wong-wong nulipadha linggih — sing lanang cacahéwetara limang èwu.11Gusti Yésus mundhut roti mau,banjur saos sukur marang Gusti Allah.Nuli ngedum-edum marang sing padhalinggih ana ing kono; mengkono ugaiwaké. Wong kabèh padha mangannganti wareg.12Gusti Yésus ngandika marang parasekabaté: "Sisané padha klumpukna;aja ana sethithik waé sing dibuang."13Para sekabat nuli njupuki sisa-sisamau kabèh. Bareng diwadhahi dadi rolasrinjing kebak; semono sisané roti sairlima lan iwak loh loro, sing dipangandéning wong-wong mau.14Bareng wong akèh mau weruhkaélokan sing ditindakaké déning GustiYésus, nuli padha muni: "Nyata, iki SangNabi sing rawuhé kita anti-anti!"15Sarèhné Gusti Yésus pirsa, yènwong-wong mau arep meksa ngangkatPanjenengané dadi ratu, Gusti Yésus nulisumingkir, sarta minggah gunung menèhpiyambakan.

YOHANES 6.16–22 4016Bareng wis surup, para sekabatéGusti Yésus nuli padha mudhun menyangtlaga.17Banjur padha mrau, arep nyabrangmenyang kutha Kapèrnaum. Nalikasemana wis bengi, éwasemono GustiYésus durung rawuh.18Kocapa, ombaké tlaga saya gedhé,sebab anginé sansaya banter.19Bareng para sekabat enggonénunggang prau kira-kira wis olèh papattekan limang kilomèter, dumadakanpadha weruh Gusti Yésus tindak napaking banyu nyedhaki prauné. Para sekabatpadha wedi banget,20nanging Gusti Yésus ngandika: "Ajapadha wedi, iki Aku dhéwé!"21Sawisé mengkono para sekabatngaturi Gusti Yésus mlebet ing prau.Nanging prauné wis tekan panggonansing dituju.22Ésuké wong-wong sing isih anaing sabrangé tlaga padha weruhyèn ing kono prauné mung kari siji.Wong-wong mau iya padha weruh, yènpara sekabaté Gusti Yésus wis padhamangkat dhisik, lan Gusti Yésus ora nitihprau bebarengan karo para sekabaté.

YOHANES 6.23–27 4123Prau-prau liyané teka sakakutha Tibérias, padha labuh cedhakpanggonané wong-wong wingi padhamangan roti, sing didongani Gusti Yésus.24Bareng wong-wong mau padhaweruh, yèn Gusti Yésus lan parasekabaté ora ana ing kono, nuli padhanunggang prau, nggolèki menyang kuthaKapèrnaum.25Bareng wong-wong mau padhaketemu karo Gusti Yésus ana ingsabrangé tlaga, nuli padha nyuwunpirsa marang Panjenengané: "Guru,kala menapa Panjenengan dumugi ingngriki?"26Gusti Yésus ngandika: "Aku kandhasatemené: Enggonmu padha nggolèkiAku kuwi ora merga kowé wis padhangerti tegesé kaélokan-kaélokan singDaktindakaké, nanging merga kowé wispadha mangan roti nganti wareg.27Aja padha ngudi marang pangansing bisa rusak, nanging padha ngudiaolèh pangan sing tahan selawasé, lansing mènèhi urip sejati. Pangan singmengkono kuwi bakal diparingakédéning Putraning Manungsa; awit

YOHANES 6.28–33 42

Panjenengané wis diparingi pangwasadéning Allah Sang Rama."28Wong-wong mau nuli padha nyuwunpirsa: "Menapa ingkang kedah sami kulalampahi, supados saged nindakakenkersanipun Gusti Allah?"29Pangandikané Gusti Yésus: "Singdikersakaké déning Gusti Allah supayakoklakoni, yakuwi precaya marang wongsing diutus déning Panjenengané."30Pitakoné wong-wong mau: "Menawimekaten, mujijat menapa ingkangPanjenengan tindakaken, supados kulasaged sami nyipati, lajeng pitadosdhateng Panjenengan? Panjenengansaged nindakaken menapa?31Para leluhur kula sami nedha mannawonten ing ara-ara samun, kadosingkang kaserat ing Kitab Suci: ‘Padhadiparingi mangan roti saka swarga.’"32Gusti Yésus nuli ngandika marangwong-wong mau: "Aku kandha satemenémarang kowé: Roti sing diparingakédéning Nabi Musa kuwi roti saka swarga;sing maringi roti sejati saka swargamarang kowé kabèh kuwi Rama-Ku.33Awit roti sing diparingaké déningGusti Allah, yakuwi Putraning Allah

YOHANES 6.34–40 43

sing tumedhak saka swarga, sarta singmaringi urip sejati marang jagad."34Aturé wong-wong mau: "Guru, kulamugi Panjenengan paringi roti menikaing selaminipun."35Pangandikané Gusti Yésus: "Aku ikiroti sing nguripi; sing sapa marani Aku,ora bakal luwé menèh. Lan wong singprecaya marang Aku, ora bakal ngelakmenèh.36Kowé wis padha Dakkandhani:senajan kowé wis padha ndeleng Aku,éwasemono kowé padha ora precaya.37Kabèh wong sing diparingaké déningSang Rama marang Aku, kuwi bakalpadha marani Aku. Aku ora bakal nampiksapa waé sing marani Aku.38Sebab enggon-Ku tumedhak sakaswarga kuwi ora supaya Aku nglakonikarep-Ku dhéwé, nanging kersané GustiAllah sing ngutus Aku.39Déné kersané Gusti Allah sing ngutusAku kuwi mengkéné: Kabèh wong singwis diparingaké marang Aku, kuwi ajanganti ana sing ilang, nanging supayaDaktangèkaké menèh ing Dina Kiamat.40Sebab yakuwi kersané Rama-Ku:supaya wong kabèh sing ndeleng Sang

YOHANES 6.41–45 44

Putra lan precaya marang Panjenenganébisa olèh urip langgeng lan mbésuk ingDina Kiamat Daktangèkaké."41Wong-wong Yahudi padha patingkedumel, nggrenengi Gusti Yésus, sebabPanjenengané ngandika: "Aku iki rotising tumurun saka swarga."42Wong-wong mau padha munimengkéné: "Apa kuwi dudu Yésus,anaké Yusuf? Aku rak padha wanuhkaro bapa-biyungé? Kepriyé bisanékandha yèn dhèwèké kuwi tumurun sakaswarga?"43Gusti Yésus nuli ngandika marangwong-wong mau: "Kowé aja padhanggrundel.44Ora ana wong siji waé sing bisamarani Aku, kejaba menawa Sang Rama,sing ngutus Aku kuwi, nggèndèng wongmau marang Aku, temah wong maubakal Daktangèkaké ing Dina Kiamat.45 Ing Kitabé para nabi ana tulisanmengkéné: ‘Wong kabèh bakal diwulangdéning Gusti Allah!’ Mulané sakèhingwong sing wis padha ngrungokaké lansing nampani piwulang saka Sang Ramamau, bakal marani Aku.

YOHANES 6.46–53 4546Kuwi ora ateges yèn wis ana wongsing tau weruh marang Sang Rama.Mung Sang Putra, sing pinangkané sakaAllah, kuwi sing wis ndeleng Sang Rama.47Padha élinga! Sing sapa precayamarang Aku, bakal ngrasakaké uripsejati.48Aku iki roti sing nguripaké.49Leluhurmu padha mangan mannaana ing ara-ara samun, nanging padhangalami mati.50Béda banget karo roti, sing tumurunsaka swarga; wong sing mangan rotikuwi ora bakal mati.51Aku iki roti sing nguripaké, yakuwiroti sing tumurun saka swarga. Wongsing mangan roti mau bakal uripselawasé. Roti sing Dakwènèhaké yakuwidaging-Ku. Daging-Ku Dakwènèhaké,supaya jagad iki urip."52Pangandikané Gusti Yésus singmengkono mau marakaké wong-wongYahudi banjur padha bebantahan sijikaro sijiné. Uniné: "Kepriyé bisané wongkuwi mènèhaké dagingé, supaya kitapangan?"53Gusti Yésus banjur ngandika marangwong-wong mau: "Élinga, yèn kowé

YOHANES 6.54–59 46

padha ora mangan dagingé PutranéManungsa kuwi lan ora ngombé getihé,kowé mesthi padha ora kadununganurip.54Wong sing mangan daging-Kulan ngombé getih-Ku, wong kuwinduwèni urip langgeng, sarta Aku bakalnangèkaké wong mau ing Dina Kiamat.55Awit daging-Ku kuwi pangan singsejati, lan getih-Ku kuwi ombèn-ombènsing sejati.56Wong sing mangan daging-Ku lanngombé getih-Ku, wong kuwi uripé bakalnunggil karo Aku lan Aku bakal nunggilkaro wong mau.57Padha kaya Sang Rama, sing ngutusAku sipat gesang, lan Aku urip déningSang Rama. Mengkono uga wong singmangan daging-Ku bakal urip déningAku.58 Iki roti sing tumurun saka swarga.Dudu roti kaya sing dipangan déningpara leluhurmu, awit sawisé padhamangan roti mau isih ngalami mati.Nanging wong sing mangan roti iki bakalurip ing selawasé."59 Iku mau kabèh dingandikakakédéning Gusti Yésus nalika Panjenengané

YOHANES 6.60–64 47

memulang ana ing sinagogé ingKapèrnaum.60Akèh para muridé Gusti Yésus singpadha krungu pangandikané mau.Banjur padha muni: "Piwulangé kuwikokangèl temen. Sapa sing ngerti?"61Tanpa ana sing matur marangPanjenengané, Gusti Yésus wis pirsayèn para muridé padha nggrundelipiwulangé. Mulané Gusti Yésus nulingandika: "Apa kowé padha ora senengkaro piwulang iki?62Yèn mengkono, kepriyé saupamakowé mengko padha weruh PutraningManungsa sumengka kondur menyanging swarga?63Sing nguripaké manungsa kuwiRohé Allah. Kekuwatané manungsa oraana paédahé babar-pisan. Tembung-tembung sing Dakkandhakaké marangkowé iki saka Rohé Allah lan tembung-tembung kuwi sing nguripaké.64Éwasemono ing antaramu ana singora precaya." (Saka wiwitan mula GustiYésus wis pirsa sapa waé sing ora padhagelem precaya, lan sapa sing bakalngulungaké Panjenengané.)

YOHANES 6.65–71 4865Gusti Yésus nuli ngandika menèh:"Kuwi sebabé Aku ngandhani kowé, yènora ana wong siji waé sing bisa maraniAku, yèn ora digèndèng déning SangRama."66Wiwit nalika semana akèh paramuridé sing padha mundur lan ora gelemndhèrèkaké Panjenengané.67Gusti Yésus nuli ndangu marang parasekabaté rolas mengkéné: "Apa kowéuga padha arep ninggal Aku?"68Simon Pétrus mangsuli: "Gusti,sinten ingkang badhé kula dhèrèki?Panjenengan ingkang kagunganpangandika ingkang maringi gesangsejatos.69Samenika kula sampun sami pitadoslan yakin bilih Panjenengan menikaTiyang Suci, Utusanipun Allah."70Gusti Yésus nuli ngandika: "Singmilih kowé wong rolas kuwi Aku dhéwé.Nanging siji saka panunggalanmu kuwiIblis!"71Sing dikersakaké déning Gusti Yésusyakuwi Yudas, anaké Simon Iskariot.Sebab senajan Yudas mau panunggalanémurid rolas, nanging bakal ngulungakéPanjenengané.

YOHANES 7.1–7 49

71Sawisé mengkono, Gusti Yésus nulitindak mider-mider ing tanah Galiléa.

Panjenengané ora kersa tindak menyangtanah Yudéa, sebab para penggedhénébangsa Yahudi ing kana padha ngaraharep nyédani Panjenengané.2Nalika semana ngarepaké riayanéwong Yahudi, sing disebut Riaya TarubGodhong.3Mulané para sedhèrèké Gusti Yésuspadha matur: "Beciké kowé menyangtanah Yudéa, supaya para murid-Mu ingkana uga ndeleng penggawé-Mu.4Wong sing kepéngin misuwur kuwipenggawéné ora diumpetaké. Apa singsaiki koktindakaké kuwi beciké diweruhidéning wong sajagad."5 (Sebab para sedhèrèké Gusti Yésuspiyambak padha ora precaya marangPanjenengané.)6Pangandikané Gusti Yésus: "KanggonéAku, iki durung wektuné, béda karokowé. Kowé bisa lunga sawayah-wayah,7 sebab jagad ora sengit karo kowé.Nanging karo Aku, jagad kuwi sengitbanget. Sebab Aku selawasé kandhamarang jagad, yèn penggawéné ala.

YOHANES 7.8–14 508Padha mangkata dhéwé nekani riayakuwi. Aku ora arep mrana, jalaran ikidurung wektu-Ku."9Mengkono pangandikané Gusti Yésusmarang para sedhèrèké. Panjenenganékantun ana ing tanah Galiléa.10Bareng para sedhèrèké wis padhamangkat nekani Riaya Tarub Godhonging kutha Yérusalèm, Gusti Yésus kantunpiyambakan, tanpa ana wong singngerti.11Ana ing riaya kono para penggedhénéwong Yahudi padha nggolèkiPanjenengané, karo takon-takon:"Endi sing jenengé Yésus?"12 Ing antarané wong akèh sing padhangumpul ing pahargyan mau ana singpadha rerasanan bab Gusti Yésus. Anasing kandha: "Panjenengané kuwi wongsing becik," ana sing kandha: "Ora!Wong kuwi tukang ngapusi."13Nanging ora ana siji waé sing wanimuni ngeblakakaké bab Panjenengané,awit padha wedi marang parapenggedhéné wong Yahudi.14Bareng wis nengah-nengahi riaya,Gusti Yésus mlebet ing PedalemanéAllah, banjur memulang.

YOHANES 7.15–20 5115Para penggedhéné wong Yahudipadha gumun, lan muni: "Wong kuwiolèhé kawruh semono kuwi saka ngendi,mangka ora tau sekolah?"16Gusti Yésus ngandika: "Piwulang singDakwulangaké iki dudu piwulang-Kudhéwé, nanging piwulangé Allah singngutus Aku.17Wong sing ngèstokaké dhawuhéAllah, ngerti apa piwulang-Ku iki asalésaka Gusti Allah, apa saka karep-Kudhéwé.18Wong sing memulang manut karepédhéwé, kuwi mung golèk alem lanpakurmatan kanggo awaké dhéwé.Nanging wong sing ngupaya kaluhuranéAllah, sing ngutus wong mau, kuwipiwulangé jujur, lan ora nasaraké.19Nabi Musa rak wis maringakédhawuh-dhawuhé Allah marang kowé?Nanging siji waé ora ana sing nglakonidhawuh-dhawuh mau. Apa sebabé kowépadha arep matèni Aku?"20Wong akèh mau padha mangsuli:"Panjenengan menika mboten saras!Sinten ingkang badhé nyédaniPanjenengan?"

YOHANES 7.21–26 5221Gusti Yésus ngandika: "Aku munglagi nindakaké prekara siji sing oralumrah, kowé wis padha gumun kabèh.22Nabi Musa wis gawé prenatankanggo kowé, supaya kowé padha netakianak-anakmu. Lan merga saka kuwikowé padha gelem netaki wong, senajanana ing dina Sabbat. (Mangka satemenédudu Musa sing sekawit netaki wong,nanging para leluhur kita sadurungéNabi Musa.)23Yèn kowé padha netaki wong ingdina Sabbat, mung supaya aja nerakangger-anggeré Nabi Musa, apa sebabékowé padha panas atimu, merga Akumarasaké badan sekojur ing dinaSabbat?24Aja padha ngukumi wong manutapa sing katon waé, nanging padhangukumana kanthi adil lan bener."25Sawisé kuwi ana wong sawetara sakakutha Yérusalèm padha muni: "Rak ikiwongé sing digolèki arep dipatèni?26Nanging, coba delengen! Wong kuwikokmemulang ana ing ngarepé umum,tanpa ana sing ngganggu, lan ora anawong siji waé sing ngaruh-aruhi? Apa

YOHANES 7.27–31 53

para penggedhé kita saiki wis precaya,yèn Wong iki Sang Kristus?27 Jaréné yèn Sang Kristus rawuh, wongpadha ora ngerti asalé saka ngendi;mangka tumrap wong iki, kita padhangerti saka ngendi asalé."28Nalika Gusti Yésus memulang anaing Pedalemané Allah, Panjenenganéngandika klawan swara sora: "Apa kowépadha ngerti temenan sapa Aku iki?Lan saka ngendi asal-Ku? Teka-Ku orasaka karep-Ku dhéwé. Panjenenganésing ngutus Aku kuwi ora goroh,nanging kowé padha ora wanuh karoPanjenengané.29Aku kang wanuh marangPanjenengané, lan iya Panjenenganékuwi sing ngutus Aku mréné."30Wong-wong mau padha kepénginnyekel Gusti Yésus, nanging ora ana singwani, sebab durung tekan mangsané.31Kejaba saka kuwi ing antarané wongakèh mau, uga ora sethithik cacahésing precaya marang Panjenengané.Wong-wong sing precaya mau padhamuni: "Saupama Sang Kristus singdijanjèkaké déning Gusti Allah kuwirawuh, apa Panjenengané iya bakal

YOHANES 7.32–36 54

nindakaké mujijat luwih akèh ketimbangkaro sing ditindakaké déning Wong iki?"32Para wong Farisi padha krunguenggoné wong akèh padha rerasananbab Gusti Yésus, mulané bebarengankaro para pengareping imam, banjurkongkonan para wong sing jagaPedalemané Allah sawetara, supayanyekel Panjenengané.33Pangandikané Gusti Yésus: "Enggon-Ku awor karo kowé mung kari sedhéla.Sawisé kuwi Aku bakal bali sowanPanjenengané sing ngutus Aku.34Kowé bakal padha nggolèki Aku,nanging ora bakal bisa nemokaké,sebab kowé ora bisa nekani papan singDakenggoni."35Para penggedhéné wong Yahudinuli padha takon-tinakon: "Wong ikiarep lunga menyang ngendi, kokkitanganti ora bisa nemokaké? Apa areplunga menyang panggonané wong-wongYahudi, sing ana ing manca negara,ana ing antarané wong Yunani, lanmemulang wong-wong kuwi?36Apa karepé muni: ‘Kowé bakalnggolèki Aku, nanging ora bisanemokaké?’ Lan menèh tembungé:

YOHANES 7.37–41 55

‘Kowé ora bisa tekan papan singDakenggoni.’"37Dina pungkasaning riaya kuwi dinasing penting dhéwé. Ing dina mauGusti Yésus jumeneng, banjur ngandikaklawan sora: "Wong sing ngelak, padhamrénéa supaya Dakwènèhi ngombé.38 Ing Kitab Suci ana tulisan mengkéné:‘Wong sing precaya marang Aku, anaing njeroning atiné wong mau bakal milibanyu sing nguripaké.’"39 (Sing dingandikakaké déning GustiYésus kuwi bab Rohé Gusti Allah, singbakal diparingaké marang wong singpadha precaya marang Panjenengané.Sebab nalika semana Sang Roh Sucidurung diparingaké, merga Gusti Yésusdurung sumengka menyang swarga.)40Akèh wong sing padha ngrungokaképangandikané Gusti Yésus mau. Ingantarané wong-wong mau ana singmuni: "Panjenengané kuwi mesthi Nabi."41Nanging ana liyané menèh sing muni:"Panjenengané kuwi Sang Kristus."Nanging uga ana wong sing muni: "Ah,mosok, Sang Kristus koktekané sakatanah Galiléa?

YOHANES 7.42–48 5642 Ing Kitab Suci rak katulis, yèn SangKristus sing dijanjèkaké déning GustiAllah kuwi asalé saka tedhaké SangPrabu Dawud, lan miyosé ana ingBètléhèm, yakuwi kutha kelairané SangPrabu Dawud."43Wusana wong-wong mau padha padudhéwé prekara Gusti Yésus.44Ana wong sing arep padha nyekelGusti Yésus, nanging ora ana siji waésing wani nggepok Panjenengané.45Para wong sing jaga PedalemanéAllah wis didhawuhi nyekel GustiYésus, padha bali menèh nekani parapengareping imam lan wong-wong Farisi.Wong-wong mau padha ditakoni: "Apasebabé Wongé ora kokgawa mréné?"46Wangsulané: "Wah, dèrèng natéwonten tiyang ingkang micara kadosTiyang menika."47Wangsulané wong-wong Farisi: "Lho,apa kowé wis padha katut karo Wongkuwi?48Apa ana ing antarané para penggedhéYahudi utawa wong Farisi sing precayamarang Wong mau?

YOHANES 7.49–8.2 5749Kena ing laknat wong-wong geblegsing padha ora ngerti marang dhawuhingTorèt."50 Ing antarané wong-wong Farisimau ana sing tau nemoni Gusti Yésusing wayah bengi, jenengé Nikodémus.Nikodémus mau nuli kandha karowong-wong Farisi liya-liyané:51 "Manut prenataning agami, kitamboten kénging ngukum tiyang,sadèrèngipun prekawisipun dipun priksa,lan menawi kita dèrèng sumerep menapaingkang katindakaken."52 "É, é, é," wangsulané para wongFarisi liyané, "Menapa panjenenganinggih klebet golonganipun tiyangGaliléa? Cobi panjenengan tliti sakingKitab Suci, rak mboten wonten Nabiingkang asalipun saking tanah Galiléa?"53Sawisé kuwi wong kabèh banjurpadha mulih saka Pedalemané Allah ingkutha Yérusalèm.

81Nanging Gusti Yésus tindakmenyang Gunung Zaitun.

2Ésuké Panjenengané tindak menèhmenyang Pedalemané Allah, lan akèhwong sing padha marani Panjenengané.

YOHANES 8.3–7 58

Gusti Yésus nuli lenggah, banjur wiwitmulang wong-wong mau.3Satengahé memulang, para ahli Torètlan wong-wong Farisi padha ngirid wongwadon sing konangan lagi laku jina.Wong wadon mau nuli digawa sowan ingngarsané Gusti Yésus, lan dikon ngadegana ing tengah.4Wong-wong mau banjur padhanyuwun pirsa marang Gusti Yésus:"Guru, tiyang èstri menika pinanggihlampah jina.5 Ing Kitab Torèt, ingkang ngewratpepakèn-pepakènipun Allah, Nabi Musamrenata, bilih tiyang èstri ingkang kadosmekaten menika kedah dipun benturiséla ngantos pejah. Menawi pemanggihPanjenengan kados pundi?"6Pitakoné para wong Farisi singmengkono mau kanggo njégal marangGusti Yésus, kenaa kanggo nggugatPanjenengané. Nanging Gusti Yésustumungkul waé, karo nyerat ing lemahngagem driji.7Bareng wong-wong mau padhangangseg nyuwun wangsulan, GustiYésus nuli ndengèngèk, sarta ngandikamarang wong-wong mau: "Sapa

YOHANES 8.8–12 59

ing antaramu sing ora duwé dosa,ndhisikana mbenturi watu marang wongwadon kuwi."8Sawisé ngandika mengkono, GustiYésus tumungkul menèh nyerat ana inglemah.9Bareng krungu pangandikané GustiYésus mau, wong-wong nuli padha lungasaka kono siji-siji, wiwit saka sing tuwadhéwé. Wekasané sing ana ing kono kariGusti Yésus piyambak karo wong wadon,sing isih ana ing panggonané.10Gusti Yésus nuli jumeneng lanngandika marang wong wadon mau:"Ana ngendi wong-wong mau? Apa oraana sing ngukum kowé?"11 [Wangsulané wong wadon mau:"Mboten wonten, Guru." PangandikanéGusti Yésus: "Sukur, yèn ngono Aku iyaora ngukum kowé. Wis lungaa, lan ajagawé dosa menèh."]12Gusti Yésus ngandika menèhmarang wong akèh sing padha ana ingPedalemané Allah, mengkéné: "Aku ikiPepadhanging jagad. Wong sing ngetutburi Aku bakal olèh pepadhang singnguripi. Wong mau ora bakal mlaku ingsajroning pepeteng."

YOHANES 8.13–19 6013Aturé wong-wong Farisi marangGusti Yésus: "Panjenengan suka paseksitumrap badan Panjenengan piyambak.Paseksi Panjenengan ingkang mekatenmenika mboten sah."14Pangandikané Gusti Yésus:"Senajan Aku neksèni awak-Ku dhéwé,éwasemono paseksi-Ku iki bener, sebabAku ngerti saka ngendi pinangka-Ku lanmenyang ngendi paran-Ku. Balik kowéora padha ngerti asal-Ku saka ngendi,lan paran-Ku menyang ngendi.15Kowé padha ngadili wong, manutcarané manungsa. Aku ora ngadilisapa-sapa.16Nanging saupama Aku kepeksa kudungadili, putusan-Ku kuwi adil, sebab Akuora ijèn, Sang Rama sing ngutus Akuselawasé bebarengan karo Aku.17Ana ing Torètmu ana tulisanmengkéné: ‘Paseksi sah yakuwipaseksiné wong loro.’18Sing mènèhi paseksi mungguh Aku,kuwi uga loro, yakuwi Aku lan SangRama sing ngutus Aku."19Pitakoné wong-wong mau: "RamaPanjenengan menika wonten ing pundi?"Pangandikané Gusti Yésus: "Kowé padha

YOHANES 8.20–23 61

ora wanuh karo Aku. Kowé uga orawanuh karo Rama-Ku. Menawa kowéwanuh karo Aku, kowé mesthi ugawanuh karo Rama-Ku."20Kuwi kabèh dipangandikakaké déningGusti Yésus nalika Panjenengané lagimemulang ana ing Pedalemané Allah,cedhak karo kothak-kothak pisungsung,kagem Gusti Allah. Éwasemono ora anawong siji waé sing nyekel Panjenengané,sebab durung tekan mangsané.21Gusti Yésus ngandika marangwong-wong mau: "Aku iki bakal lunga,lan kowé bakal padha nggolèki Aku,nanging kowé bakal padha mati nggawadosamu. Aku lunga menyang panggonansing ora bisa kokparani."22Mulané para penggedhéné wongYahudi padha muni: "Apa wong kuwiarep nglalu, kokmuni: ‘Menyang ngendiparan-Ku, kowé padha ora bisa mrana?’"23Gusti Yésus nuli ngandika marangwong-wong mau: "Kowé kuwipinangkamu saka ing ngisor; nangingAku saka ing ngaluhur. Pinangkamu sakaing donya kéné, nanging pinangka-Kuora saka ing donya kéné.

YOHANES 8.24–28 6224Mulané Aku kandha karo kowé, yènkowé bakal mati nggawa dosa-dosamu,yakuwi yèn kowé ora precaya, yèn ‘Akuiki Panjenengané Kang Ana!’"25Pitakoné wong-wong mau:"Panjenengan menika saleresipunsinten?" Pangandikané Gusti Yésus:"Kuwi wis ora prelu Dakkandhakakémenèh!26Akèh prekara sing arepDakkandhakaké marang kowé,dhapur pandakwa. Nanging apa singDakkandhakaké marang jagad kuwimung prekara sing Dakrungu sakaPanjenengané sing ngutus Aku, sebabPanjenengané kuwi bener."27Wong-wong padha ora ngerti, yènGusti Yésus ngandikakaké bab SangRama.28Mulané Gusti Yésus nglajengaképangandikané: "Mengko yèn kowé wispadha nyalib Putraning Manungsa, kowébakal weruh yèn ‘Aku iki PanjenenganéKang Ana!’ Ing wektu kuwi kowé bakalngerti, yèn apa sing Daklakoni, kuwiora ana siji waé sing manut karep-Kudhéwé, lan prekara sing Dakkandhakaké

YOHANES 8.29–34 63

mung apa sing wis diwulangaké déningSang Rama marang Aku.29Panjenengané sing ngutus Aku,kuwi selawasé bebarengan karo Aku.Panjenengané ora tau nilar Aku ijèn,sebab Aku tansah nindakaké sing dadirenaning penggalihé."30Sawisé Gusti Yésus ngandikakakékuwi mau kabèh, akèh wong sing nuliprecaya marang Panjenengané.31Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli ngandikamarang wong-wong Yahudi, sing padhaprecaya marang Panjenengané: "Kowékuwi nyata dadi murid-Ku, yèn kowépadha nglakoni piwulang-Ku.32Nuli kowé bakal nglakoni kersanéAllah, lan srana mengkono kowé dadiwong merdika."33 "Kula menika sami anak-turunipunRama Abraham," aturé wong-wong mau,"Kula sami dèrèng naté dados réncangtumbasan! Menapa ingkang Panjenengankersakaken, kokngandika: ‘Kowé bakalmerdika?’"34Pangandikané Gusti Yésus: "Padhaélinga! Kabèh wong sing gawé dosa,kuwi dadi baturé dosa.

YOHANES 8.35–41 6435Lan batur ora selawasé manggondadi saomah karo bendarané. Sing olèhmanggon selawasé dadi saomah, kuwipara putra.36Yèn Sang Putra wis merdikakakékowé, kowé lagi dadi wong merdikatemenan.37Aku ngerti yèn kowé kuwi anak-turuné Abraham. Éwasemono kowé arepmatèni Aku, sebab kowé ora gelemnampani piwulang-Ku.38Sing Dakkandhakaké iki apa singdituduhaké déning Sang Rama marangAku; déné kowé padha nglakoni préntahébapakmu."39Wong-wong Yahudi mau padhamangsuli: "Bapak kula menika RamaAbraham." Pangandikané Gusti Yésus:"Yèn kowé kuwi putrané Abrahamtemenan, kowé mesthi padha nglakoniapa sing dilakoni déning Rama Abraham.40Aku mung awèh weruh marangkowé bab kayektèn sing Dakrungu sakaGusti Allah, nanging kowé kokmalaharep matèni Aku. Rama Abraham oranindakaké sing kaya mengkono kuwi!41Kowé padha nglakoni apa singdilakoni dhéwé déning bapakmu."

YOHANES 8.42–45 65

Wong-wong Yahudi mau nuli padhamangsuli: "Kula menika sanès anakjadah. Rama kula namung setunggal,inggih menika Gusti Allah piyambak."42Gusti Yésus nuli ngandika marangwong-wong mau: "Yèn Gusti Allah kuwiRamamu temenan, kowé mesthi tresnamarang Aku, sebab teka-Ku iki sakakersané Gusti Allah, lan saiki ana ingkéné. Teka-Ku mréné ora saka karep-Kudhéwé. Gusti Allah sing ngutus Aku.43Apa sebabé kowé kokora ngertimarang apa sing Dakkandhakaké?Nyatané kowé padha ora betahngrungokaké piwulang-Ku.44Bapakmu kuwi Iblis. Mulané kowéiya arep padha nuruti kekarepanébapakmu. Wiwit-wiwitan mula Ibliskuwi tukang matèni wong. Iblis kuwitumindaké ora tau bener, sebab pancènora duwé kayektèn. Iblis kuwi pancèntukang goroh, jalaran pancèn mengkonokaanané. Lan sakèhing goroh kuwi asalésaka dhèwèké.45Sarèhné Aku mulangaké bab singbener, sing saka Gusti Allah, mulanékowé padha ora precaya marang Aku.

YOHANES 8.46–52 6646Sapa ing antaramu sing bisambuktèkaké, yèn Aku duwé dosa?Menawa Aku mulangaké bab kayektènsing saka Gusti Allah, apa sebabé kowépadha ora precaya marang Aku?47Wong sing asalé saka Allah, kuwiprecaya marang pangandikané Allah.Nanging kowé kuwi pinangkamu orasaka Allah, mulané kowé padha oraprecaya."48Wong-wong Yahudi mau nuli padhamangsuli: "Rak leres enggèn kulamestani Panjenengan. Panjenenganmenika tiyang Samaria ingkangkesurupan sétan."49Pangandikané Gusti Yésus: "Akuiki ora kesurupan sétan. Aku ngurmatiRama-Ku, nanging kowé ngina marangAku.50Aku ora golèk kaurmatan kanggoawak-Ku dhéwé. Ana siji sing mundhut,yakuwi Panjenengané sing uga ngadiliyèn Aku iki bener.51Élinga! Wong sing nggugu marangtembung-Ku kuwi selawasé bakal orangalami mati."52Wong-wong Yahudi nuli padhamangsuli: "Samenika kula ngertos, bilih

YOHANES 8.53–57 67

Panjenengan menika èstu kesurupansétan! Jalaran Rama Abraham piyambakngalami séda, mekaten ugi sedaya nabi.Nanging Panjenengan kokngandika:‘Wong sing nggugu marang tembung-Kubakal ora mati.’53Menawi Rama Abraham piyambakngalami séda, lan nabi-nabi sedayaugi ngalami séda. Panjenengan menikasinten? Menapa Panjenengan menikangungkuli Rama Abraham?"54Gusti Yésus gentos ngandika:"Yèn Aku ngluhuraké awak-Ku dhéwé,kaluhuran-Ku kuwi ora ana tegesé. Singngluhuraké Aku kuwi Rama-Ku singkoksebut Allahmu.55Mangka sejatiné kowé ora wanuhmarang Panjenengané. Nanging Akuwanuh marang Panjenengané. MenawaAku kandha yèn Aku ora wanuh marangPanjenengané, Aku goroh, padha karokowé. Aku wanuh marang Gusti Allah lanngèstokaké dhawuhé.56Ramamu Abraham bungah banget,nalika arep pirsa dina-Ku. Saiki wiskelakon, mulané nuli bungah!"57Wong-wong Yahudi mau banjur padhamatur marang Gusti Yésus: "Yuswa

YOHANES 8.58–9.4 68

Panjenengan dèrèng wonten sèkettaun, kados pundi déné Panjenengankoksampun naté pirsa Rama Abraham?"58Pangandikané Gusti Yésus: "KowéDakkandhani satemené, sadurungéAbraham lair Aku wis ana."59Wong Yahudi mau nuli padha njupukwatu, arep mbenturi Gusti Yésus;nanging Gusti Yésus ngoncati lan nilarPedalemané Allah kono.

91Nalika Gusti Yésus tindak,Panjenengané mirsa wong wuta lair

mula.2Para sekabaté padha nyuwun pirsa:"Guru, menapa sebabipun tiyang menikawuta? Menapa margi tiyang menikadamel dosa utawi tiyang sapuhipuningkang damel dosa?"3Gusti Yésus ngandika: "Wong kuwienggoné wuta ora merga dhèwèké gawédosa, lan uga ora merga wong tuwanésing gawé dosa. Wong kuwi wuta, supayawong-wong padha weruh pangwasanéAllah makarya ana ing wong wuta mau.4Kita kudu nyambut-gawé nglakoniayahané Sang Rama sing ngutus Aku,mumpung isih awan, sebab sedhéla

YOHANES 9.5–11 69

engkas banjur bengi. Ing wayah bengiwong ora bisa nyambut-gawé.5Sasuwéné Aku ana ing donya, Akudadi Pepadhanging jagad."6Sawusé ngandika mengkono GustiYésus nuli kecoh ing lemah. Kecohé nulidiulet karo lemah, dilèlètaké ing mripatéwong wuta mau.7Gusti Yésus ngandika marang wongmau: "Lungaa lan raupa ing blumbangSiloam." (Siloam tegesé ‘Diutus’.) Wongmau nuli mangkat lan raup. Bareng balimenèh mripaté wis bisa ndeleng.8Tangga teparoné lan wong-wong singmauné weruh wong wuta mau enggonéngemis, padha muni: "Apa iki dudu wongsing adaté lungguh ngemis kaé?"9Ana wong sing muni: "Pancèn yawong kuwi," nanging ana uga sing muni:"Dudu, mung rupané waé sing mèmper."Nanging wong wuta mau kandha dhéwé:"Inggih kula menika ingkang rumiyinwuta."10Wong-wong padha takon: "Kepriyékoksaiki bisa kokenggo ndeleng?"11Wangsulané: "Wonten tiyangnamanipun Yésus, damel luluhan sitisekedhik, lajeng nglèlètaken luluhan

YOHANES 9.12–16 70

wau wonten ing mripat kula. Kulalajeng dipun dhawuhi raup wonten ingblumbang Siloam. Kula inggih lajengmrika. Sareng kula sampun raup, kulalajeng saged ningali."12Wong-wong padha takon menèh:"Saiki wongé ana ing ngendi?" Wongsing mauné wuta mau mangsuli: "Kulamboten ngertos."13Wong-wong nuli nggawa wong singmauné wuta mau marang para wongFarisi.14Nalika Gusti Yésus ngulet lemahnganggo kecohé lan marasaké mripatéwong wuta mau, mbeneri dina Sabbat.15Wong Farisi nuli takon menèh marangwong sing mauné wuta mau, kepriyépatrapé nganti bisa ndeleng. Wongmau nuli mangsuli: "Tiyang menikanglèlètaken blethok wonten ing mripatkula; kula lajeng raup, bibar menika kulasaged ningali."16Ana wong Farisi sawetara sing muni:"Mokal yèn wong kuwi pinangkané sakaAllah, sebab dhèwèké nerak prenatandina Sabbat." Nanging wong liyanémenèh muni: "Mokal yèn wong dosa bisa

YOHANES 9.17–21 71

gawé kaélokan-kaélokan kaya wong iki!"Panemuné wong-wong mau béda-béda.17Para wong Farisi nuli padha takonmenèh: "Manut kandhamu, Wongkuwi sing marasaké mripatmu. Yènmengkono, kepriyé panemumu babWongkuwi?" Wangsulané: "Panjenenganipunmenika Nabi."18Nanging para penggedhéné wongYahudi padha ora precaya yèn wongkuwi mauné wuta wiwit lair mula, lansaiki bisa ndeleng. Wong-wong Farisimau durung gelem precaya, yèn durungtakon dhisik marang wong tuwané wongsing mauné wuta mau.19Para wong Farisi nuli takon marangwong tuwané: "Apa bener anakmuiki wuta lair mula? Kepriyé déné saikikokbisa ndeleng?"20Wong tuwané mangsuli: "Pancènmenika anak kula; lan pancèn wiwit lairmila piyambakipun wuta.21Nanging bab kadospundi enggènipunsamenika saged ningali, kula mbotenmangertos. Kula aturi ndangu piyambak,sebab larénipun sampun diwasa, sagedmangsuli piyambak."

YOHANES 9.22–27 7222Aturé mengkono mau sebab padhawedi karo para penggedhéné wongYahudi. Para penggedhé mau wis padhasarujuk, yèn saben wong sing ngakoniGusti Yésus kuwi Sang Kristus, bakaldisébrataké saka sinagogé (pasamuwanéwong-wong sing nganut agama Yahudi).23Kuwi sebabé, wong tuwané wong singmauné wuta mau muni: "Piyambakipunsampun diwasa, kula aturi ndangupiyambak."24Wong sing mauné wuta mau banjurdiundang menèh, sarta ditakoni: "Kowéngakua ana ing ngarsané Allah, yènkowé kandha sabeneré, sebab aku padhaweruh yèn Wong kuwi Wong dosa."25Wangsulané: "Bab piyambakipunmenika tiyang dosa menapa mboten,kula mboten mangertos. Saprekawisingkang kula mangertosi, inggih menika,kala rumiyin kula wuta, samenika kulasaged sumerep."26Pitakoné wong-wong Farisi: "Kowédikapakaké? Kepriyé carané Wong kuwimarasaké kowé?"27Wangsulané: "Kula sampun sanjang,nanging panjenengan mboten kersamirengaken. Menapa ginanipun pitakèn

YOHANES 9.28–33 73

malih? Menapa panjenengan ugikepéngin dados muridipun?"28Wong-wong Farisi mau nuli padhanepsu lan muni: "Kowé kuwi muridé;aku dudu! Aku padha muridé Nabi Musa.29Bab Nabi Musa, kita wis padhangerti, yèn Gusti Allah pancèn wisngandika marang panjenengané.Nanging mungguh Wong iki, aku padhaora ngerti asal-usulé."30Wangsulané: "Kokanèh temen,panjenengan mboten pirsa asal-usulipuntiyang menika, mangka piyambakipunsampun damel mujijat, nyarasakenmripat kula.31Kita mangertos bilih GustiAllah mboten miyarsakaken aturpanyuwunipun tiyang dosa, nangingmiyarsakaken tiyang-tiyang ingkangngurmati Panjenenganipun, sartanglampahi kersanipun.32Wiwit dumadosipun jagad seprikidèrèng naté wonten tiyang wuta wiwitlair mila kasarasaken ngantos sagedningali.33Menawi tiyang menika mboten sakingGusti Allah, mokal sagedipun nindakakenkaélokan kados mekaten."

YOHANES 9.34–40 7434Para wong Farisi mau nuli mangsuli:"Kowé kuwi wong kebak dosa sabadansekojur, wiwit saka pucuking rambuttekan tlapakané sikilmu, tur wiwitlair mula, lha kokarep mulang aku!"Wusanané wong mau banjur disébratakésaka sinagogé.35Gusti Yésus midhanget yèn wongsing mauné wuta kuwi disébratakésaka sinagogé. Bareng ketemu karowong mau, Gusti Yésus nuli ngandika:"Apa kowé precaya marang PutraningManungsa?"36Wong mau mangsuli: "PutraningManungsa menika sinten, Guru? Kulaaturi ngandikakaken, supados kula sagedpitados dhateng Panjenenganipun."37Pangandikané Gusti Yésus: "Kowéwis ndeleng Panjenengané, yakuwi singsaiki lagi ngandikan karo kowé."38Aturé wong mau: "Kula pitadosGusti," banjur sujud ing ngarsané.39Gusti Yésus nuli ngandika: "Teka-Kuing jagad iki supaya ngadili, supayawong wuta bisa ndeleng, lan wong singndeleng dadi wuta."40 Ing kono ana wong Farisi sawetarasing padha krungu pangandikané Gusti

YOHANES 9.41–10.5 75

Yésus mau. Wong-wong mau padhamuni: "Menapa Panjenengan nginten,kula inggih sami wuta?"41Gusti Yésus ngandika: "Menawa kowéwuta, kowé ora dosa. Nanging sarèhnékowé kandha ‘Aku weruh’, mula kowétetep dosa."

101 "Kowé Dakkandhani singsanyatané: Wong sing mlebu ing

kandhang wedhus ora metu lawang,nanging mlumpat pager, kuwi maling lanrampog.2Nanging sing sapa mlebuné kandhangmetu lawang, wong kuwi pangoné.3Sing jaga kandhang bakal ngengakakélawangé. Wedhus-wedhus iya nitèniswarané samangsa pangon maungundangi wedhusé manut jenengédhéwé-dhéwé lan digiring metu.4Sawisé wedhus-wedhus mau metu,pangon kuwi nuli mlaku ana ing ngarep,lan wedhus-wedhusé ana ing mburiné,sebab padha wanuh karo swaranépangoné.5Wedhus-wedhus mau ora bakalgelem mèlu wong liya, malah bakalpadha ngadoh saka wong mau, sebab

YOHANES 10.6–12 76

wedhus-wedhus kuwi ora wanuh marangswarané."6Wong-wong sing padha ngrungokaképiwulangé Gusti Yésus mau padha orangerti apa sing dikersakaké.7Gusti Yésus nuli ngandika menèh:"Ngertia, yèn Aku iki lawang dalanéwedhus-wedhus kuwi.8Sakèhing wong sing tekané sadurungéAku, kuwi maling lan rampog, mulanéwedhus-wedhus ora padha ngrungokakéswarané wong mau.9Aku iki lawangé. Wong sing ngliwatiAku, bakal slamet; wong kuwi mlebumetu olèh pangan.10Yèn maling tekané mung arepnyolong, arep matèni lan ngrusak.Nanging teka-Ku iki supaya sepira singnilingaké swara-Ku padha urip sajroningkalubèran.11Aku iki Pangon sing utama. Pangonsing utama kuwi lila mati mbélaniwedhus-wedhusé.12Nanging buruh opahan kuwi dudupangon, lan dudu sing duwé wedhus-wedhus mau. Yèn buruh sing mengkonomau weruh asu ajag teka, nuli bakalmlayu, wedhus-wedhusé ditinggal,

YOHANES 10.13–18 77

nganti wedhus-wedhus mau ditubrukdéning asu ajag mau lan dibuyaraké.13Buruh mau mlayu, sebab wongkuwi enggoné nyambut-gawé mungmburu opah lan ora mreduli karowedhus-wedhusé.14Aku iki Pangon sing utama. Kayadéné Sang Rama wanuh karo Aku,lan Aku wanuh karo Sang Rama, kayamengkono uga Aku wanuh karo wedhus-wedhus-Ku, lan wedhus-wedhus-Kuwanuh karo Aku. Aku lila mati nglabuhiwedhus-Ku.15 (10:14)16Aku uga duwé wedhus-wedhus liyanémenèh, sing ora ana ing kandhangkéné. Wedhus-wedhus kuwi uga kuduDakengon lan bakal padha ngrungokakéswara-Ku; kabèh bakal dadi sapanthalan tunggal pangon.17Sang Rama ngasihi Aku, sebab Akulila ngurbanaké nyawa-Ku, supaya Akubisa nampa nyawa-Ku menèh.18Ora ana wong sing bisa ngrebutnyawa-Ku. Aku rila ngurbanaké nyawa-Ku. Aku wenang ngurbanaké nyawa-Ku,lan uga wenang nampa nyawa-Ku

YOHANES 10.19–24 78

menèh. Lan ya kuwi sing dikersakakéSang Rama, supaya Daklakoni."19Merga pangandikané Gusti Yésus singmengkono mau, wong Yahudi nuli padhapadu dhéwé.20Akèh sing kandha: "Wong kuwikesurupan sétan! Wong kuwi édan! Apagunané ngrungokaké tembungé wongkaya mengkono!"21Nanging iya ana wong sing muni:"Mokal, yèn wong kesurupan sétan bisamulang kaya mengkono! Sétan rak orabisa marasaké wong wuta?"22Wong Yahudi padha ngriayakaké dinaadeging Pedalemané Allah, ing kuthaYérusalèm. Nalika semana mbenerimangsa bedhidhing.23Gusti Yésus lagi tindak-tindak ana ingBangsal Suléman, ing Pedalemané Allah.24Para penggedhéné wong Yahudi nulipadha marani Gusti Yésus lan ngrubungPanjenengané. Nuli padha matur:"Ngantos pinten laminipun enggènPanjenengan damel mangu-manguningmanah kula? Kula aturi ngandika kalayanblaka, menapa Panjenengan menikaSang Kristus?"

YOHANES 10.25–31 7925Pangandikané Gusti Yésus: "Kowéwis padha Dakkandhani, nangingkowé padha ora precaya. Sarupaningpenggawé sing Daklakoni atas AsmanéSang Rama, kuwi kabèh neksènimungguh ing Aku.26Kowé padha ora precaya, jalarankowé dudu wedhus-Ku.27Wedhus-wedhus-Ku padha nitèniswara-Ku. Aku wanuh karo wedhus-wedhus-Ku lan wedhus-wedhus-Kupadha ngetutaké Aku.28Wedhus-wedhus kuwi padhaDakwènèhi urip sejati, temahan ora anasing bakal mati, lan ora ana wong singbisa ngrebut wedhus-wedhus mau sakaing tangan-Ku.29Sang Rama sing maringakéwedhus-wedhus kuwi marang Aku,kuwi ngungkuli sekabèhé. Lan oraana wong siji waé sing bisa ngrebutwedhus-wedhus mau saka astanéRama-Ku.30Sang Rama lan Aku kuwi siji."31Para penggedhéné wong Yahudi maunuli padha njupuk watu, arep kanggombenturi Gusti Yésus.

YOHANES 10.32–35 8032Nanging Panjenengané malahngandika marang wong-wong mau:"Kowé wis padha ndeleng enggon-Kunindakaké penggawé becik, singdidhawuhaké Sang Rama marang Aku,supaya Daklakoni. Lah saiki, apa ana ingantarané penggawé-Ku mau sing njalarikowé arep mbenturi watu Aku?"33Para penggedhé mau nuli mangsuli:"Kula sami badhé mbenturi Panjenenganmboten margi pendamel-pendamelsaé Panjenengan, nanging margiPanjenengan nyenyamah GustiAllah! Panjenengan menika raknamung manungsa, kénging menapaPanjenengan ngaken yèn Panjenenganmenika Allah?"34Gusti Yésus gentos ngandika:"Apa ing Kitab Torèt ora ana tulisanmengkéné: Allah ngandika: ‘Kowé kuwiallah?’35Lan kita kabèh padha ngakoniyèn apa sing katulis ana ing KitabSuci kuwi ora kena dibatalaké. Lah,yèn wong-wong sing padha nampapangandika mau disebut déning GustiAllah piyambak ‘allah’,

YOHANES 10.36–41 8136apa sebabé kowé padha ngarani Akunyewiyah marang Allah, merga Aku muniyèn Aku iki Putrané Allah? Mangka Akuiki sing wis dipilih déning Sang Ramapiyambak, lan diutus menyang jagad.37Yèn Aku ora nindakaké kersané SangRama, kowé kena ora precaya marangAku.38Nanging yèn Aku nindakaké kersanéSang Rama, senajan ta kowé oraprecaya marang Aku, wis samesthinékowé saora-orané precaya marang apasing Daktindakaké, supaya kowé weruhlan ngerti yèn Sang Rama lan Aku iki siji,kaya déné Aku karo Sang Rama kuwisiji."39 Ing kono wong Yahudi mau padhangarah nyekel Gusti Yésus menèh,nanging Panjenengané jengkar sakatengahé wong-wong mau.40Gusti Yésus nuli kondur menèhmenyang sabrangé Kali Yardèn, ingpanggonané Yohanes Pembaptis biyènmbaptisi wong-wong. Gusti Yésus nulimanggèn ana ing kono.41Akèh wong sing padha teka mrono.Wong-wong mau padha kandhamengkéné: "Nabi Yohanes Pembaptis ora

YOHANES 10.42–11.5 82

nindakaké kaélokan-kaélokan, nangingapa sing dingandikakaké déning NabiYohanes bab Wong iki, kabèh cocog."42Banjur akèh wong sing padha precayamarang Gusti Yésus.

111Ana wong lara, jenengé Lasarus.Omahé ana ing désa Bètani.

Yakuwi désa Bètani panggonané Maryamlan Marta.2 (Maryam kuwi wong wadon singngesokaké lenga wangi ing sampéyanéGusti Yésus lan ngusapi nganggorambuté. Déné Lasarus sing lara mauseduluré.)3Maryam lan Marta padha ngaturi pirsamarang Gusti Yésus: "Guru, Lasarus,mitra Panjenengan ingkang Panjenengantresnani samenika sakit."4Nalika Gusti Yésus mireng pawartamau, Panjenengané ngandika: "LaranéLasarus ora bakal njalari patiné, nangingsupaya dadi lantarané Asmané Allahkaluhuraké, lan srana mengkono PutranéAllah uga kaluhuraké."5Gusti Yésus pancèn tresna marangMarta lan mbakyuné, tuwin Lasarus,seduluré.

YOHANES 11.6–13 836Éwasemono nalika Gusti Yésus mirengbab larané Lasarus mau, Panjenenganémalah nginep rong dina menèh ana ingpanggonan kono.7Lagi sawisé kuwi Gusti Yésus ngandikamarang para sekabaté: "Ayo, kita padhabali menyang tanah Yudéa."8Para sekabat nuli padha matur: "Guru,nembé kémawon tiyang-tiyang Yahudibadhé mbenturi séla Panjenengan, lhakoksamenika Panjenengan sampunngajak tindak mrika malih?"9Pangandikané Gusti Yésus: "Sedinakuwi apa ora rolas jam? Yèn mlaku ingwayah awan, wong ora kesandhung,merga padhang.10Nanging yèn wong mau mlaku ingwayah bengi, bakal kesandhung, mergapeteng."11Sawisé kuwi Gusti Yésus nyambeti,pangandikané: "Mitra kita Lasarus lagituru, mulané arep Dakgugah."12Aturé para sekabaté: "Guru, menawiLasarus namung tilem, temtunipunmangké badhé saras."13Mangka sing dikersakaké Gusti Yésuskuwi satemené Lasarus wis mati. Saka

YOHANES 11.14–21 84

pengirané para sekabat, Gusti ngandikayèn Lasarus turu temenan.14Mulané Gusti Yésus nuli mblakakakéyèn satemené, "Lasarus wis mati.15Aku bungah déné Aku ora mbeneriana ing kana. Kuwi ana beciké tumrapkowé kabèh, supaya kowé padhaprecaya. Ayo kita padha mangkatmenyang omahé Lasarus."16Tomas, sing diparabi "Didimus"(tegesé wong kembar), kandha marangkanca-kancané para sekabat: "Ayo kitapadha ndhèrèk Guru, karebèn kita matibareng karo Panjenengané."17Nalika tindaké Gusti Yésus tekandésa Bètani, Lasarus wis dikubur patangdina kepungkur.18Bètani kuwi saka kutha Yérusalèmadoh-adohé mung telung kilomèter.19Wong Yahudi wis akèh sing padhalayat mrono, prelu nglipur Maryam lanMarta, sing kepatèn Lasarus, seduluré.20Bareng Marta krungu yèn GustiYésus rawuh, banjur metu mbagèkaké,nanging Maryam kèri ana njero omah.21Marta banjur matur marang GustiYésus: "Guru, saupami Panjenengan

YOHANES 11.22–28 85

wonten ing ngriki, temtu Lasarussedhèrèk kula, mboten badhé pejah.22Éwasemanten kula pitados, bilihsamenika ugi Gusti Allah badhé njurungimenapa ingkang Panjenengan suwun."23Pangandikané Gusti Yésus marangMarta: "Sedulurmu bakal urip menèh."24Wangsulané Marta: "Kula pitados,bilih Lasarus badhé gesang malih ingDinten Kiamat, samangsa tiyang-tiyangpejah katangèkaken."25Pangandikané Gusti Yésus marangMarta: "Sing nangèkaké wong matikuwi Aku, lan sing mènèhi urip marangmanungsa kuwi Aku. Wong sing precayamarang Aku, senajan wong mau wismati, bakal urip menèh.26Lan wong sing isih urip, singprecaya marang Aku, ora bakal mati ingselawasé. Apa kowé precaya bab kuwi?"27Wangsulané Marta: "Guru, kulapitados bilih Panjenengan menikaPutraning Allah, Sang Kristus, ingkangkautus rawuh ing donya."28Sawisé matur mengkono, Marta nulingundang Maryam, mbakyuné, sartadibisiki: "Guru wis rawuh lan nakokakékowé."

YOHANES 11.29–35 8629Bareng krungu mengkono, Maryamnuli énggal-énggal ngadeg lanmethukaké Gusti Yésus.30 (Nalika semana Gusti Yésus durungmlebet ing désa Bètani, nanging isihana ing panggonan nalika ketemu karoMarta.)31Bareng wong-wong Yahudi sing lagipadha linggih ana ing omah nglipurMaryam, weruh Maryam ngadeg lanmetu rerikatan, nuli padha ngetutaké,sebab dikira arep lunga menyang kuburlan nangis ana ing kono.32Bareng Maryam tekan panggonanéGusti Yésus lan weruh Panjenengané,banjur jèngkèng ana ngarsané sartamatur: "Guru, saupami Panjenenganwonten ing ngriki, sedhèrèk kula mesthimboten pejah!"33Bareng pirsa Maryam nangis, lanwong-wong Yahudi sing padha ngetutakéiya padha nangis, Gusti Yésus penggalihétrenyuh banget.34Panjenengané nuli ndangu: "Dikuburana ing endi?" Wangsulané sing padhadidangu: "Mangga Gusti, menawi badhépirsa."35Gusti Yésus nuli muwun.

YOHANES 11.36–41 8736Temah wong-wong Yahudi padhamuni: "Semono tresnané marangLasarus."37Nanging ana uga sing muni:"Panjenengané wis ngelèkaké mripatéwong wuta, yagéné ora bisa nyegahpatiné Lasarus?"38Gusti Yésus tindak menyang kuburankaro trenyuh penggalihé. Kubur mauwujudé kaya guwa, sing ditutupi watugedhé.39Gusti Yésus dhawuh: "Watunésingkirna." Marta, seduluré sing matimau, nuli matur: "Guru, piyambakipunsampun dipun kubur kawan dintenkepengker. Temtu sampun mambet."40Pangandikané Gusti Yésus: "Aku rakwis kandha: ‘Yèn kowé precaya, kowébakal weruh gedhéning pangwasanéAllah!’"41Watu sing nutupi kubur mau nulipadha disingkiraké. Gusti Yésus banjurtumenga ing langit lan ndedonga:"Kawula ngaturaken panuwun dhatengPaduka, dhuh Rama, margi Padukasampun miyarsakaken panyuwunKawula.

YOHANES 11.42–47 8842Kawula sumerep, bilih Padukatansah miyarsakaken panyuwun Kawula.Éwadéné enggèn Kawula matur menika,karana tiyang-tiyang ingkang samiwonten ing ngriki, supados sami pitados,bilih Kawula menika utusan Paduka!"43Sawisé matur mengkono, Gusti Yésusnuli ngandika klawan sora: "Lasarus,metua!"44Lasarus sing wis mati kuwi banjurmetu. Tangan lan sikilé isih poconganmori putih, semono uga rainé isihketutupan kain kringet (kacu). DhawuhéGusti Yésus marang wong-wong sing anaing kono: "Moriné uculana, karebèn bisauwal!"45Bareng ndeleng lelakon mau, wong-wong Yahudi sing padha layat, banjurpadha precaya marang Gusti Yésus.46Nanging ing antarané wong-wongmau uga ana sing banjur marani wong-wong Farisi lan nglapuraké tumindakéGusti Yésus.47Mulané wong-wong Farisi lanpara pengareping imam nuli padhanganakaké parepatan karo MahkamahAgama. Wong-wong mau padha munimengkéné: "Saiki apa sing kudu kita

YOHANES 11.48–52 89

tindakaké? Wong kuwi wis gawé mujijatsemono kèhé!48Yèn dijaraké mengkono terus, wongkabèh bakal padha precaya marangdhèwèké kuwi. Pungkasané PemeréntahRum bakal nggempur Pedalemané Allahlan bangsa Yahudi kabèh."49 Ing antarané wong-wong mau, singjenengé Kayafas, ing taun kuwi dadiImam Agung. Kayafas mau muni: "Kowépadha ora ngerti.50Apa kowé iya padha ora sumurup yènkanggo keslametané rakyat kabèh, luwihbecik yèn wong siji sing mati, ketimbangwong sabangsa mati kabèh?"51Satemené Kayafas enggoné munimengkono mau ora saka karepé dhéwé;nanging sarèhné jumeneng Imam Agunging taun kuwi, meca enggoné GustiYésus bakal séda kanggo bangsa Yahudikabèh.52Malah ora mung kanggo bangsaYahudi waé, nanging kanggo paraputrané Allah kabèh, sing sumebar ingngendi-endi, supaya kakumpulaké dadisiji.

YOHANES 11.53–12.1 9053Wiwit ing dina kuwi parapenggedhéné bangsa Yahudi padhasekongkelan arep nyédani Gusti Yésus.54Mulané Gusti Yésus ana ing tanahYudéa kono ora ngétok ing ngarepéwong akèh. Panjenengané nuli tindaksaka tanah Yudéa menyang kutha, singaran Éfraim, cedhak karo ara-ara samun.Panjenengané manggèn ana ing konokaro para sekabaté.55Nalika semana wis mèh RiayaPaskahé wong Yahudi. Akèh wongsaka désa-désa padha menyang kuthaYérusalèm, arep nindakaké prenatansesuci.56Nalika wong-wong kabèh mau ana ingPedalemané Allah, nuli padha nggolèkiGusti Yésus, lan padha takon-tinakon:"Saka pengiramu kepriyé? Wong kuwimesthi ora bakal nekani riaya iki!"57Para pengareping imam lan parawong Farisi wis padha andum préntah,yèn sapa waé sing weruh panggonanéGusti Yésus, kudu lapur, supaya kenadicekel.

121Nem dina sadurungé RiayaPaskah, Gusti Yésus tindak

menyang désa Bètani; ana ing omahé

YOHANES 12.2–7 91

Lasarus, sing wis tau mati, ditangèkakémenèh.2Ana ing kono Gusti Yésus dicaosidhahar; sing ngladèni Marta. DénéLasarus lungguh kembul karoPanjenengané.3Maryam nuli njupuk lenga wangi naredtulèn, sing ajiné akèh banget, bobotésetengah liter, banjur dienggo njebadisampéyané Gusti Yésus. Lenga maunuli diusapi nganggo rambuté. Ambunéngebeki saomah kabèh.4Yudas Iskariot, panunggalanésekabaté Gusti Yésus, muni mengkéné:5 "Généa lenga wangi kuwi ora diedolwaé, rak bisa payu akèh, nuli dhuwitédidanakaké marang wong miskin?"6 (Enggoné Yudas muni mengkono mauora kokmerga mikiraké nasibé wongmiskin, nanging merga saka culikané.Yudas kerep nganggo dhuwit sing dadirereksané.)7Nanging Gusti Yésus ngandika: "Wista, wong wadon kuwi nengna waé, ajakokganggu! Penggawéné mengkonokuwi minangka pacawisan enggon-Kumbésuk bakal dikubur!

YOHANES 12.8–13 928Awit wong miskin kuwi selawasé anaing antaramu, nanging Aku ora selawaséana ing antaramu."9Akèh wong Yahudi sing padha krungu,yèn Gusti Yésus ana ing désa Bètani.Mulané wong-wong mau nuli padhanusul Panjenengané mrana. Enggonémarani Gusti Yésus kuwi ora mungmerga kaélokan sing wis katindakaké,nanging uga padha kepéngin weruhLasarus, sing wis urip menèh.10Kuwi sebabé para pengareping imamuga kepéngin matèni Lasarus,11 jalaran akèh wong Yahudi sing padhaninggal para pemimpiné lan precayamarang Gusti Yésus, merga lelakonéLasarus mau.12Ésuké akèh wong sing wis padha tekaing kutha Yérusalèm, arep ngriayakakéPaskah. Wong-wong mau padha krungu,yèn Gusti Yésus isih ana ing dalan areptindak mrono.13Wong-wong mau nuli padhanjupuk pang-pangé wit palem, banjurmethukaké klawan surak-surak: "PinujiaAsmané Allah! Sugenga sing rawuhing Asmané Pangéran! Sugenga ratunéwong Israèl!"

YOHANES 12.14–20 9314Dhèk semana Gusti Yésus nitih kuldi,isih belo, cocog karo sing katulisanmengkéné:15 "Aja wedi, hé putri Sion! Delengenratumu rawuh, nitih beloning kuldi."16Nalika semana para sekabat durungpadha ngerti apa tegesé kuwi maukabèh. Nanging sawisé Gusti Yésuskaluhuraké, yakuwi sawisé sinalib lanwungu menèh, lagi padha kèlingan yènlelakoné Gusti Yésus mau wis katulisana ing Kitab Suci, lan saiki kelakontemenan.17Wong-wong sing padha ndhèrèkakéGusti Yésus nalika Panjenengané nimbaliLasarus metu saka ing kubur lannangèkaké saka ing pati, ora uwis-uwisenggoné nyritakaké lelakon mau marangwong-wong liyané.18Kuwi sebabé wong akèh padhamethukaké Gusti Yésus, jalaran padhakrungu bab lelakon sing wis ditindakaké.19Wong Farisi padha rerasanan: "Kitapadha ora olèh gawé! Delengen, wongsajagad wis padha kèlu karo Wongkuwi!"20 Ing antarané wong akèh sing padhateka ing kutha Yérusalèm arep nindakaké

YOHANES 12.21–26 94

ibadah sajroné dina riaya mau, anawongé Yunani sawetara.21Wong-wong mau padha nemoniFilipus lan kandha: "Sedhèrèk, kulakepéngin kepanggih kaliyan GuruYésus!" (Filipus kuwi wong saka kuthaBètsaida ing tanah Galiléa.)22Filipus nuli kandha karo Andréas,wong loro mau banjur padha maturmarang Gusti Yésus.23Panjenengané nuli ngandika marangpara sekabat mau: "Saiki wis tekanwektuné Putraning Manungsa diluhuraké.24Padha élinga, yèn wiji gandum singditandur ing lemah lan mati, wiji mau orabakal tetep mung seglintir waé. Nangingsawisé wiji mau mati, bakal ngetokakéwoh akèh.25Wong sing nengenaké uripé ingdonya kéné, bakal kélangan urip singsejati. Nanging wong sing nyingkur uripédhéwé ing donya kéné, bakal ngalamiurip sejati, sing langgeng.26Wong sing ngawula marang Aku,kuwi kudu ngetut buri Aku, supaya bisamèlu Aku menyang endi waé paran-Ku.Wong sing ngawula marang Aku, kuwibakal dimulyakaké déning Rama-Ku."

YOHANES 12.27–32 9527 "Saiki ati-Ku was-was. Banjur arepmatur apa? Apa Aku kudu matur:‘Rama, mugi sampun négakaken Kawulangalami kasangsaran menika?’ Ora,sebab enggon-Ku urip tekan sepréné ikipreluné supaya ngalami kasangsaranmau.28 ‘Dhuh Rama, Asma Paduka mugikaluhuraken.’" Nuli ana swara saka inglangit: "Wis Dakluhuraké, lan isih bakalDakluhuraké menèh."29Wong akèh sing ana ing konopadha krungu swara mau. Wong-wongnuli padha rerasanan: "Kuwi swaranégludhug!," nanging ana uga sing kandha:"Dudu! Ana malaékat sing lagi ngandikankaro Panjenengané."30Gusti Yésus nuli ngandika marangwong akèh mau: "Anané swara kuwi orakanggo Aku, nanging kanggo kowé.31Saiki wis tekan wektuné jagad ikidiadili. Saiki penggedhéné jagad ikibakal ditelukaké.32Mengko samangsa Aku wis dipanjer,Aku bakal nggèndèng wong kabèh mèluAku."

YOHANES 12.33–37 9633Enggoné ngandika mengkono kuwikanggo nuduhaké patrapé Gusti Yésusenggoné bakal disalib.34Wong akèh mau nuli maturmarang Panjenengané: "Manut suraoséKitab-kitab, Sang Kristus ingkangbadhé rawuh menika badhé gesanging selami-laminipun; kadospundidéné Panjenengan kokngandika, bilihPutraning Manungsa menika kedahnglampahi sinalib? Lajeng PutranipunManungsa menika sinten?"35Pangandikané Gusti Yésus: "Mungkari sawetara mangsa Pepadhang anaing tengahmu. Mulané terusna lakumu,mumpung Sang Pepadhang isih ana ingtengahmu, supaya kowé aja kesaputing pepeteng. Wong sing mlaku ingpepeteng ora ngerti bakal tekan endi.36 (12-36a) Precayaa marangPepadhang kang ana ing tengahmu,supaya kowé padha dadi PutraningPepadhang." (12-36b) Sawisé ngandikamengkono, Gusti Yésus nuli tindak sakakono lan ora kersa ngetingal menèh ingngarepé wong akèh.37Akèh banget mujijat lan kaélokansing ditindakaké ana ing ngarepé wong

YOHANES 12.38–42 97

akèh mau. Éwasemono wong-wongmau meksa ora precaya marangPanjenengané.38Srana mengkono kelakon temenan,apa sing wis kaweca déning Nabi Yésaya,sing uniné mengkéné: "Dhuh Pangéran,sinten ingkang pitados dhateng pawartoskawula? Sinten ingkang kepareng ningalikwaosipun Allah?"39Wong-wong mau padha ora bisaprecaya, merga Nabi Yésaya wisngandika mengkéné:40Gusti Allah ngandika, "Mripatéwis Dakgawé wuta, atiné dadi kaku,lan nalaré banjur peteng; supayawong-wong mau aja padha mratobat,temahan Dakwarasaké."41Enggoné Nabi Yésaya ngandikamengkono mau merga wis pirsa marangkamulyané Gusti Yésus.42Éwasemono akèh uga parapenggedhéné wong Yahudi sing padhaprecaya marang Gusti Yésus. Nangingwong-wong kuwi ora wani ngakoniprecayané terang-terangan, mergapadha wedi, aja-aja disébrataké sakasinagogé déning para wong Farisi.

YOHANES 12.43–49 9843Wong-wong kuwi padha luwih senengdiurmati déning manungsa ketimbangnampa pakurmatan sing saka GustiAllah.44Gusti Yésus nuli ngandika: "Wongsing precaya marang Aku, kuwi oramung Aku sing diprecaya, nanging ugaPanjenengané sing ngutus Aku.45Sing sapa ndeleng Aku, kuwi ugandeleng Panjenengané sing ngutus Aku.46Teka-Ku ing jagad iki dadi Pepadhang,supaya wong sing precaya marang Aku,ora tetep ana ing pepeteng.47Dudu Aku sing bakal ngadili wongsing padha krungu, nanging ora nglakonipiwulang-Ku. Merga teka-Ku ora arepngadili jagad, nanging arep nylametaké.48Wong sing ora precaya lan oragelem manut marang pitutur-Ku, kuwiana sing ngadili dhéwé. Iya Injil singDakwartakaké, kuwi sing bakal dadihakim, sing ngadili wong-wong mau ingDina Kiamat!49Lan pancèn mengkono! MergaAku ora tau memulang metu sakakarep-Ku dhéwé. Sang Rama sing ngutusAku, Panjenengané kuwi sing dhawuh

YOHANES 12.50–13.4 99

marang Aku samubarang sing kuduDakkandhakaké utawa Dakwulangaké.50Lan Aku ngerti yèn dhawuhé SangRama kuwi dalaning urip sing sejati.Mulané apa sing Dakkandhakaké iki,kabèh merga saka dhawuhé SangRama."

131Bareng dina Riaya Paskahkurang sedina, Gusti Yésus pirsa

yèn wis tekan wektuné Panjenenganénilar jagad iki lan kondur menyangngarsané Sang Rama. Panjenenganétresna marang para kagungané kang anaing jagad, lan enggoné nresnani ngantitekan ing wekasan.2Nalika semana ing wayah bengi GustiYésus lan para sekabat lagi padhadhahar. Ing kono Iblis ngosikaké atinéYudas Iskariot, supaya ngulungaké GustiYésus.3Gusti Yésus pirsa, yèn Sang Rama wismasrahaké sakèhing pangwasa marangPanjenengané. Panjenengané uga pirsa,yèn asalé saka Allah, lan bakal kondurmenyang ngarsané Allah.4Mulané Panjenengané nuli jumeneng,ngrucat jubahé, sarta ngubetaké kainmau ana ing lambungé.

YOHANES 13.5–10 1005Panjenengané banjur ngesok banyuana ing pengaron, sarta wiwit misuhisikilé para sekabat; sawisé kuwi banjurdilapi nganggo kain sing diubetaké anaing lambungé mau.6Bareng tekan gilirané Simon Pétrus,Simon matur: "Gusti, prelunipun menapaPanjenengan misuhi suku kawula?"7Pangandikané Gusti Yésus: "Saikikowé durung ngerti apa maknané singDaktindakaké iki, nanging mengko kowébakal ngerti."8 "Sampun ngantos, Gusti," aturéPétrus, "Panjenengan sampun ngantosmisuhi suku kawula!" Nanging GustiYésus nuli ngandika: "Yèn kowé oragelem Dakwisuhi, kowé ora kena dadimurid-Ku."9Wangsulané Simon Pétrus: "Menawimekaten Gusti, sampun ngemungakensuku ingkang dipun wisuhi, nanging ugitangan lan sirah kawula!"10Pangandikané Gusti Yésus: "Wongsing wis adus, badané sakojur wis resik,wong kuwi ora prelu didusi menèh.Mung sikilé waé sing prelu diresiki. Kowépancèn wis padha resik, nanging orakabèh."

YOHANES 13.11–17 10111 (Gusti Yésus wis pirsa, sapa singbakal ngulungaké Panjenengané. MulanéPanjenengané ngandika: "Kowé wispadha resik, nanging ora kabèh.")12Sawisé Gusti Yésus rampungenggoné misuhi sikilé para sekabat,Panjenengané nuli ngagem jubahémenèh, sarta wangsul lenggah.Panjenengané nuli ngandika marangpara sekabaté mengkéné: "Apakowé ngerti tegesé apa sing mentasDaktindakaké marang kowé mau?13Kowé padha nyebut Aku Guru lanGusti. Lan panyebutmu kuwi bener, awitAku iki pancèn Guru lan Gusti.14Lah saiki yèn Aku sing dadi Gusti lanGurumu wis misuhi sikilmu, dadi kowéiya kuwajiban wisuh-winisuhan sikil.15Enggon-Ku mènèhi tuladha marangkowé kabèh kuwi supaya kowé padhanglakonana kaya sing wis Daktindakakémarang kowé.16Padha éling-élingen; batur kuwi orangungkuli bendarané, lan utusan orangluwihi sing ngutus.17Saiki kowé wis padha ngerti prekarakuwi. Begja kowé menawa kuwikoklakoni.

YOHANES 13.18–23 10218Kandha-Ku iki ora kanggo kowékabèh, lan Aku ngerti sapa waé sing wisDakpilih. Nanging apa sing katulisan anaing Kitab Suci kudu kelakon. Tulisan mausurasané mengkéné: ‘Tiyang ingkangsesarengan nedha roti kaliyan Kawula,menika badhé nglawan Kawula!’19Kowé saiki padha Dakwènèhi weruhsadurungé prekara kuwi kelakon, supayayèn mengko kelakon, kowé padhaprecaya yèn Aku iki Panjenengané kangdisebut ‘Aku iki Panjenengané Kang Ana.’20Padha titènana: Sapa sing nampawong sing Dakutus, kuwi ateges nampaniAku dhéwé. Lan sapa sing nampa Aku,kuwi ateges nampani Gusti Allah, singngutus Aku."21Sawisé ngandika mengkono, GustiYésus penggalihé trenyuh banget.Nuli Panjenengané ngandika blak-blakan: "Kowé padha Dakkandhani singsatemené: Panunggalanmu salah sijibakal ngulungaké Aku."22Para sekabat padha bingung, sartapadha pandeng-pandengan, mergapadha ora ngerti sapa sing dikersakaké.23Sekabat sing dikasihi déning GustiYésus, linggih ana ing sisihé,

YOHANES 13.24–29 10324disasmitani déning Simon Pétrus,supaya nyuwun pirsa, sapa singdikersakaké mau.25Sekabat mau nuli nyedhaki GustiYésus lan nyuwun pirsa: "Sintentiyangipun menika, Gusti?"26Pangandikané Gusti Yésus: "Aku arepnyelupaké roti ana ing mangkok; wongsing nuli Dakulungi roti mau, yakuwiwongé." Gusti Yésus nuli mundhutroti secuwil, banjur dicelupaké ana ingmangkok; sawisé kuwi roti mau banjurdiulungaké marang Yudas anaké SimonIskariot.27Bareng Yudas nampani roti mau,sanalika iku uga Iblis ngangslupi.Gusti Yésus nuli ngandika marangYudas: "Énggal lakonana apa sing dadisedyamu!"28Ora ana wong siji-sijia ing antaranésing padha linggih ana ing kono ngerti,apa sebabé Gusti Yésus ngandikamengkono marang Yudas.29Ana sing ngira, yèn Gusti Yésusngutus Yudas tuku apa-apa singdibutuhaké kanggo riaya, utawa bisauga Gusti Yésus ndhawuhi Yudas mènèhidhuwit marang wong-wong miskin,

YOHANES 13.30–34 104

sebab Yudas kuwi sing tukang nyekeldhuwit.30Sawisé nampa roti mau, sanalikaYudas banjur metu. Nalika semanawayahé wis bengi.31Sawisé Yudas lunga, Gusti Yésusnuli ngandika: "Saiki Putrané Manungsabakal kamulyakaké.32Lan lantaran Putraning Manungsamau kamulyané Gusti Allah iya bakalkebabar. Yèn kamulyané Gusti Allahkebabar lantaran Putraning Manungsa,nuli kamulyaning Putrané Manungsa iyabakal diketingalaké déning Gusti Allahpiyambak. Lan kuwi kabèh bakal tumulikelakon.33Anak-anak-Ku, enggon-Ku kumpulkaro kowé kari sedhéla. Kowé bakalnggolèki Aku, nanging kaya sing wisDakkandhakaké marang wong Yahudi,mengkono uga saiki Dakkandhakakémarang kowé: Kowé ora bisa mara ingpanggonan sing arep Dakparani.34Kowé padha Dakwènèhi pepakonanyar, yakuwi supaya padha tresna-tinresnan. Dikaya enggon-Ku nresnanikowé, mengkono uga kowé padhatresna-tinresnana.

YOHANES 13.35–14.2 10535Titikané enggonmu padha dadimurid-Ku, yakuwi menawa wongkabèh padha neksèni enggonmutresna-tinresnan."36Simon Pétrus matur marang GustiYésus: "Gusti badhé tindak dhatengpundi?" Pangandikané Gusti Yésus: "Akulunga menyang panggonan sing kowéora bisa marani mrana, nanging mbésukkowé bakal mèlu Aku."37Pitakoné Pétrus: "Guru, kéngingmenapa kula mboten saged ndhèrèkPanjenengan? Kula wantun pejah kagemPanjenengan."38Pangandikané Gusti Yésus:"Temenan? Kowé wani mati temenankanggo Aku? Rungokna sing becik:Mengko sadurungé jago kluruk, kowébakal ngaku, yèn kowé ora wanuh karoAku, nganti ambal ping telu!"

141Pangandikané Gusti Yésusmarang para sekabat: "Atimu aja

was-was. Padha ngandela marang GustiAllah, lan iya ngandela marang Aku.2 Ing dalemé Rama-Ku akèh panggonan;mulané Aku mrana supaya nyawisaképanggonan kanggo kowé. Saupama

YOHANES 14.3–9 106

ora mengkono, mesthi kowé ora padhaDakkandhani.3Sawisé Aku nyawisaké panggonankanggo kowé, nuli Aku bakal bali mrénémethuk kowé, supaya kowé uga anaaing papan sing Dakenggoni mau.4Panggonan sing Dakparani, kowé wispadha weruh dalané."5Tomas nuli nyuwun pirsa: "Guru, kulasami mboten ngertos papan ingkangPanjenengan tuju, kadospundi enggènkula sumerep merginipun?"6Gusti Yésus ngandika: "Aku ikidalané marang Gusti Allah lan Aku singnuduhaké, Gusti Allah kuwi sapa lankepriyé kaanané; Aku uga sing mènèhiurip marang manungsa. Ora ana wongsiji waé sing bisa sowan marang SangRama, yèn ora lantaran Aku.7Yèn kowé wanuh marang Aku, kowéiya mesthi wanuh karo Rama-Ku. Wiwitsaiki kowé wanuh karo Sang Rama, lanwis ndeleng Panjenengané."8Filipus nuli matur: "Gusti, kawulamugi Panjenengan tedahi Sang Ramamenika, supados kawula sami marem."9Pangandikané Gusti Yésus: "Wissemono lawasé enggon-Ku urip

YOHANES 14.10–13 107

bebarengan karo kowé kabèh;éwasemono kowé kokrumangsa durungwanuh karo Aku, Filipus! Sing sapa wisndeleng Aku, kuwi uga wis ndeleng SangRama; kepriyé déné kowé muni: ‘Kawulamugi Panjenengan tedahi Sang Rama?’10Apa kowé ora ngandel yèn Akulan Sang Rama kuwi siji? Sarta SangRama lan Aku kuwi siji? Kabèh singDakkandhakaké marang kowé kuwi orametu saka karep-Ku dhéwé. NangingSang Rama sing ana ing Aku, singnindakaké kuwi mau kabèh.11Ngandela, yèn Aku lan Sang Ramakuwi siji, sarta Sang Rama lan Aku kuwisiji. Utawa apa kowé ora ngandel karoapa sing wis Daklakoni mau?12Aku kandha satemené marang kowé:Wong sing precaya temenan marangAku, bakal bisa nglakoni prekara-prekarasing wis Daktindakaké, malah wong kuwibisa nindakaké prekara-prekara singluwih gedhé ketimbang karo kuwi. SebabAku bakal sowan menyang ngarsanéRama-Ku.13Apa waé sing koksuwun atas jeneng-Ku, bakal Daksembadani, supaya SangRama kaluhuraké lantaran Sang Putra.

YOHANES 14.14–20 10814Nyuwuna apa waé atas jeneng-Ku,Aku bakal nyembadani."15 "Menawa kowé padha tresna marangAku, padha nglakonana pepakon-Ku.16Aku bakal nyuwun marang SangRama, nuli kowé bakal padha diparingiJuru Panglipur liyané, yakuwi RohéAllah, sing nuduhaké bab kersané GustiAllah. Roh mau bakal nunggal karo kowéselawasé.17 Jagad ora bisa nampani Rohé Allah,sebab ora bisa ndeleng Rohé Allah mau,lan ora wanuh marang Panjenengané.Nanging kowé wanuh marangPanjenengané, merga Panjenenganétansah nunggal karo kowé lan dedalemana ing njeromu.18Aku ora bakal négakaké kowé; kowéora bakal padha kapiran. Aku bakal balimenèh.19Sedhéla engkas, jagad bakal orandeleng Aku, nanging kowé bakal padhandeleng Aku; lan merga Aku urip, kowéiya bakal padha urip.20 Ing wektu kuwi kowé bakal ngertiyèn Aku ana ing Sang Rama, mengkonouga kowé padha ana ing Aku, lan Akuana ing kowé.

YOHANES 14.21–25 10921Sing sapa nampani lan nglakonipepakon-pepakon-Ku, kuwi ategestresna marang Aku. Rama-Ku bakalnresnani wong sing tresna marang Aku.Aku uga bakal nresnani wong mau, lanAku bakal blaka marang wong mau, sapaAku iki sejatiné."22Yudas, dudu Yudas Iskariot,nyuwun pirsa marang Gusti Yésus:"Gusti, kénging menapa Panjenengankersa mblakakaken bab Panjenenganpiyambak dhateng kula sedaya, nangingmboten kersa blaka dhateng jagad?"23Pangandikané Gusti Yésus: "Wongsing tresna marang Aku kuwi wongsing nglakoni piwulang-Ku. Sang Ramabakal nresnani wong mau. Rama-Kulan Aku dhéwé bakal nekani wong kuwilan manggon bebarengan ana ing wongkuwi.24Wong sing ora tresna marang Aku,kuwi ora nglakoni piwulang-Ku. Piwulangsing kokrungu, kuwi dudu piwulang-Ku,nanging piwulang saka Sang Rama, singngutus Aku.25Kabèh kuwi Dakkandhakaké marangkowé, mumpung Aku isih awor karokowé.

YOHANES 14.26–30 11026Déné sing arep mulangaké sakèhingprekara mau marang kowé kuwi SangRoh Suci. Panjenengané kuwi SangJuru Tetulung, sing bakal diutus déningSang Rama atas saka jeneng-Ku.Sang Juru Tetulung kuwi sing bakalngélingaké kowé prekara-prekara singwis Dakwulangaké marang kowé.27Kowé padha Daktinggalikatentreman. Yakuwi katentreman-Kudhéwé sing Dakwènèhaké marang kowé.Cara-Ku mènèhi katentreman mau orakaya patrapé jagad; atimu aja was-was.Kowé aja padha wedi.28Kowé wis krungu: ‘Aku bakal lunga,nanging Aku bakal bali menèh.’ Yènkowé tresna marang Aku, kowé bakalbungah, samangsa Aku lunga menyangngarsané Rama-Ku, merga Sang Ramakuwi ngluwihi Aku.29Kowé padha Dakwènèhi weruh saiki,sadurungé kabèh mau kelakon, supayakowé padha precaya.30Aku ora arep rembugan akèh-akèhmenèh karo kowé, awit penggedhénéjagad (yakuwi Iblis) iki wis teka. NangingIblis ora duwé pangwasa ing ngataséAku.

YOHANES 14.31–15.5 11131Nanging jagad prelu ngerti yèn Akutresna marang Sang Rama, lan kuwisebabé déné Aku mung nglakoni apasing didhawuhaké marang Aku. Ayo, kitapadha lunga saka kéné."

151Gusti Yésus ngandika menèh,"Aku iki wit anggur sing sejati, lan

Rama-Ku sing ngupakara kebon anggurmau.2Saben pang sing ora ngetokaké woh,dipagas déning Sang Rama. Déné pangsing ngetokaké woh, diresiki, supayawohé mundhak akèh.3Kowé kuwi wis padha diresiki sranapiwulang-piwulang sing Dakwènèhakémarang kowé.4Padha nunggala karo Aku, lan Akubakal nunggal karo kowé. Pang kuwidhéwé ora bisa metokaké woh. Awitbisané metokaké woh, mung yènnunggal karo wité. Kaya mengkono ugatumrap kowé. Kowé mung bisa metokakéwoh, yèn kowé nunggal karo Aku.5Aku iki wité anggur, lan kowé pang-pangé. Wong sing nunggal karo Aku,lan Aku nunggal karo wong mau, bakalmetokaké woh akèh. Tanpa Aku, kowéora bisa apa-apa.

YOHANES 15.6–12 1126Wong sing ora nunggal karo Aku, kuwikaya pang sing dipagas, banjur dadigaring. Pang-pang sing mengkono maubakal diklumpukaké lan dicemplungakéing geni, sarta kaobong.7Yèn kowé nunggal karo Aku, lanpiwulang-Ku koklakoni, kowé keparengnyuwun apa waé sing kokkarepaké;panyuwunmu mau bakal dikabulaké.8Yèn kowé metokaké woh akèh,Rama-Ku ing swarga diluhuraké; kuwibuktiné yèn kowé murid-Ku temenan.9Enggon-Ku nresnani kowé, kaya SangRama enggoné nresnani Aku. Padhatetepa ana ing katresnan iki.10Menawa kowé padha nglakonipepakon-pepakon-Ku, Aku bakal tetepnresnani kowé. Ora béda karo Akudhéwé: Sang Rama nresnani Aku, sebabAku nglakoni dhawuh-dhawuhé SangRama.11Kabèh iki Dakkandhakakémarang kowé, supaya kowé ugangrasakaké kabungahan-Ku, lan supayakabungahanmu dadia sampurna.12Pepakon-Ku mengkéné: Kowé kudupadha tresna-tinresnan, padha kayaenggon-Ku nresnani kowé.

YOHANES 15.13–19 11313Katresnan sing gedhé dhéwé yakuwimenawa wong rila mati kanggo nglabuhimitrané.14Yèn kowé padha nglakoni apa singDakdhawuhaké marang kowé, kowé dadimitra-mitra-Ku.15Kowé ora padha Daksebut baturmenèh, awit batur ora ngerti apa singlagi ditindakaké déning bendarané.Kowé padha Daksebut mitra, awitkabèh sing Dakrungu saka Rama-Ku wisdakkandhakaké marang kowé.16Dudu kowé sing milih Aku, nangingAku sing milih kowé, lan Dakdadèkakéutusan, supaya kowé metokaké wohakèh kaya wit anggur mau, sing wohélestari ing selawasé. Rama-Ku bakalmaringi apa waé sing koksuwun atasjeneng-Ku.17 Iki dhawuh-Ku marang kowé: Padhatresna-tinresnana."18 "Menawa kowé padha disengitidéning jagad, ngertia yèn Aku wisdisengiti luwih dhisik déning jagad.19Yèn pinangkamu saka jagad, jagadkuwi bakal nresnani kowé, kaya wongéjagad dhéwé. Nanging kowé wisDakpilih saka jagad lan Daksengker dadi

YOHANES 15.20–24 114

duwèk-Ku. Mulané kowé wis dudu wongéjagad. Kuwi sebabé jagad mau sengitkaro kowé.20Élinga marang sing wisDakkandhakaké marang kowé:‘Batur kuwi ora ngluwihi bendarané.’Menawa wong-wongé jagad wis nganiayamarang Aku, wong-wong mau uga bakalnganiaya kowé. Yèn wong-wong maunampani pangandikané Gusti Allah singDakwartakaké, mesthi uga bakal precayamarang piwulang sing kokwartakaké.21 Jagad bakal nindakaké panganiayakuwi mau kabèh marang kowé, mergakowé kuwi wong-wong-Ku, lan mergajagad ora wanuh marang Panjenenganésing ngutus Aku.22Saupama Aku ora teka lanngandhakaké kuwi mau kabèh marangwong-wong kuwi, wong-wong kuwiora kena disalahaké. Nanging saikiwong-wong mau ora duwé alesankanggo nutupi dosané.23Wong sing sengit marang Aku, kuwiuga sengit marang Sang Rama singngutus Aku.24Aku wis nindakaké mujijat-mujijat lankaélokan-kaélokan ana ing satengahé

YOHANES 15.25–16.2 115

wong-wong mau, sing durung tauditindakaké déning sapa waé. SaupamaAku ora nindakaké pretandha-pretandhaana ing satengahing wong-wong mau,wong-wong kuwi ora kena disalahaké.Nanging saiki, senajan wis padhandeleng pretandha-pretandha, éwadénéwong-wong mau malah padha sengitmarang Aku, lan uga marang Rama-Ku.25Nanging sing mengkono kuwi, supayakelakon apa sing wis ditulis ana ingKitab Suciné wong-wong mau, surasané:‘Tiyang-tiyang menika sami sengitdhateng Kawula tanpa sebab.’26Nanging Sang Panglipur mau bakalrawuh ndhawuhaké bab kersané GustiAllah, yakuwi Sang Roh Suci, sing miyossaka Sang Rama, sing bakal Dakutusmarang kowé. Sang Roh Suci kuwi bakalmaringi paseksi bab Aku.27Kowé uga bakal padha dadi seksi-Ku,sebab kowé wis padha bebarengan karoAku wiwit-wiwitan mula."

161 "Iki kabèh Dakkandhakakémarang kowé, supaya kowé

mbésuk ora gela lan banjur nampik Aku.2Wong-wong bakal nyébrataké kowésaka ing papan pangibadah. Bakal ana

YOHANES 16.3–7 116

mangsané wong sing matèni kowé, lansrana penggawéné kang mengkonokuwi, rumangsa caos pangabekti marangGusti Allah.3Enggoné padha tumindak mengkonomau merga ora wanuh karo Sang Ramalan uga ora wanuh karo Aku.4 (16-4a) Nanging saiki kowé wis padhaDakkandhani, supaya yèn wong-wongnindakaké panganiaya marang kowé,kowé padha kèlingan, yèn sadurungékuwi Aku wis ngandhani kowé." (16-4b)"Prekara iki ora Dakkandhakaké marangkowé saka wiwitan mula, merga Aku isihawor karo kowé.5Nanging saiki Aku bakal sowanmenyang ngarsané Panjenengané singngutus Aku. Éwasemono ing antaramuora ana sing takon, ‘Guru badhé tindakdhateng pundi?’6Bareng wis Dakkandhani prekarakuwi, saiki atimu malah dadi sedhih.7Aku kandha satemené karo kowé:Tumrapé kowé, luwih becik yèn Akulunga; sebab yèn ora, Sang JuruTetulung kuwi ora bakal ngrawuhi kowé.Nanging yèn Aku lunga, Aku bakalngutus Panjenengané.

YOHANES 16.8–13 1178Déné yèn rawuh, Panjenengané bakalngélingaké marang jagad, yèn kawruhéjagad bab dosa kuwi salah. Semonouga kawruhé bab kersané Allah lan babpaukumané kuwi salah kabèh.9Penemuné bab dosa kuwi salah, mergawong-wong mau padha ora precayamarang Aku.10Penemuné jagad bab kersané Allah,kuwi uga salah, merga Aku lungamenyang ngarsané Rama-Ku, lan kowéora bakal ndeleng Aku menèh.11Semono uga penemuné babpaukumané Allah, uga salah, sebabpangwasané jagad (Iblis) kuwi wisdiadili!12 Isih akèh prekara sing arepDakkandhakaké marang kowé, nangingsaiki kowé durung bisa nyandhak.13Nanging menawa Sang Roh Suci mauwis rawuh, yakuwi Roh sing maringiweruh bab kersané Allah, Panjenenganébakal nuntun kowé supaya ngertisakabèhing prekara sing dikersakakédéning Gusti Allah. Sang Roh Sucimau ora bakal ngandikakaké apa-apamanut kersané dhéwé, nanging mungngandikakaké apa sing diparingaké

YOHANES 16.14–19 118

déning Sang Rama, lan ngandhani kowéprekara-prekara sing mbésuk bakalkelakon.14Panjenengané bakal ngluhuraké Aku,sebab Panjenengané bakal nampa sakaAku, samubarang sing arep didhawuhakémarang kowé.15Samubarang sing ana ing SangRama kuwi duwèk-Ku. Kuwi sebabéAku kandha, yèn Sang Roh Suci bakalmundhut saka Aku, lan apa sing ditampasaka Aku, kuwi sing diparingaké marangkowé."16 "Kurang sedhéla menèh, kowé bakalora ndeleng Aku, nanging ora suwésawisé kuwi, kowé bakal ndeleng Akumenèh."17Para sekabaté Gusti Yésus padhatakon-tinakon: "Apa sing dikersakaké?Panjenengané ngandika: ‘Sedhélamenèh kowé bakal ora ndeleng Aku.’Karo menèh pangandikané: ‘Sebab Akusowan menyang ngarsané Rama-Ku.’18Lan apa tegesé pangandikané:‘Sedhéla menèh’? Aku padha ora ngertiapa sing dingandikakaké kuwi."19Gusti Yésus pirsa yèn para sekabatarep padha nyuwun pirsa marang

YOHANES 16.20–23 119

Panjenengané. Mulané banjur ngandika:"Aku kandha: ‘Sedhéla menèh kowébakal padha ora weruh Aku, lan sawisékuwi ora suwé kowé bakal weruh Akumenèh.’ Apa prekara kuwi sing lagikokrembug?20Kowé padha Dakkandhani ingsatemené: kowé bakal padha nangislan sesambat, nanging jagad bakalbungah. Kowé bakal padha sedhih,nanging kasusahanmu bakal malih dadikabungahan.21Yèn wong wadon nglarani arepnglairaké anak, wong mau atiné susah.Nanging samangsa bayiné wis lair, wongwadon mau bakal lali marang larané lanbakal bungah, sebab bayiné wis lair ingdonya.22Semono uga tumraping kowé, saikiatimu susah, nanging Aku bakal nemonikowé menèh, atimu bakal bungah, lanora ana wong siji waé, sing bisa ngrebutkabungahan kuwi saka ing atimu.23Yèn wis tekan semono, kowé bakalora padha takon apa-apa menèh marangAku. Ngandela: apa sing koksuwunmarang Sang Rama atas jeneng-Ku,

YOHANES 16.24–28 120

kuwi bakal diparingaké déning SangRama.24Tekan sepréné kowé durung taunyuwun apa-apa atas saka jeneng-Ku.Tansah nyenyuwuna, kowé mesthi bakalkaparingan, supaya kowé bisa bungahtemenan."25 "Kabèh sing Dakkandhakakémarang kowé iki awujud pasemon.Nanging bakal ana mangsané Aku oramigunakaké pasemon menèh. Aku bakalngandhakaké marang kowé bab SangRama, apa sanyatané.26 Ing wektu kuwi kowé bakal padhanyuwun marang Sang Rama atasjeneng-Ku, lan Aku ora kandha yèn Akubakal nyuwunaké kowé marang SangRama.27Sebab Sang Rama piyambak nresnanikowé. Enggoné Sang Rama nresnanikowé, merga kowé nresnani Aku, lankowé precaya yèn Aku diutus déningSang Rama.28Teka-Ku pancèn saka Sang Rama,lan Aku wis teka ana ing jagad. Nangingsaiki Aku bakal lunga saka jagad iki lansowan menyang ngarsané Sang Rama."

YOHANES 16.29–17.1 12129Para sekabat nuli padha maturmarang Gusti Yésus: "Panjenenganngandika sawontenipun, tanpa pasemon.30Samenika kula sami mangertos, bilihPanjenengan pirsa samukawis, lan sintenkémawon mboten prelu nyuwun pirsamenapa-menapa dhateng Panjenengan.Awit saking menika kula sami pitadosbilih Panjenengan menika pinangkanipunsaking Gusti Allah."31Gusti Yésus ndangu marang parasekabat: "Apa saiki kowé padha precaya?32Élinga, bakal tekan wektuné,malah ya wis mangsané, kowé padhadibuyaraké. Kowé kabèh bakal padhabali menyang omahmu dhéwé-dhéwé lanninggal Aku ijèn. Nanging Aku ora ijèn,sebab Sang Rama nunggil karo Aku.33 Iki mau kabèh Dakkandhakakémarang kowé, supaya atimu tentrem,merga kowé padha nunggal karo Aku.Jagad bakal gawé sengsaramu, nangingpadha ditatag atimu, awit Aku wisngalahaké jagad iki."

171Sawisé ngandikakaké kuwi maukabèh, Gusti Yésus nuli tumenga

ing langit lan matur: "Dhuh Rama,samenika sampun dumugi wekdalipun.

YOHANES 17.2–6 122

Mugi kersa ngluhuraken Sang Putra,supados Sang Putra saged ngluhurakenSang Rama.2Paduka sampun maringaken dhatengKawula pangwasa ing ngatasipun sedayamanungsa, supados Kawula nyukanigesang sejatos dhateng sedaya tiyangingkang Paduka paringaken dhatengKawula.3Gesang sejatos inggih menika,menawi tiyang wanuh dhateng Paduka,Allah ingkang sejatos, ingkang mbotenwonten tunggilipun, sarta tepang kaliyanYésus Kristus, utusan Paduka.4Kawula sampun ngluhuraken asmaPaduka wonten ing donya menika,sarta Kawula sampun ngrampungakenpedamelan ingkang Paduka bebahakendhateng Kawula.5Dhuh Rama, mugi Paduka samenikakersa ngluhuraken Kawula ing ngarsaPaduka. Kawula mugi kaluhurakenkalayan kamulyan, ingkang Kawulagadhahi sesarengan kaliyan Padukasadèrèngipun jagad katitahaken.6Kawula sampun ngetingalaken Padukadhateng tiyang-tiyang ing donya,ingkang Paduka paringaken dhateng

YOHANES 17.7–10 123

Kawula. Tiyang-tiyang menika kagunganPaduka, lan Paduka sampun maringakentiyang-tiyang wau dhateng Kawula.Tiyang-tiyang wau sampun pitadosdhateng pangandika Paduka,7 lan samenika tiyang-tiyang menikasami sumerep, bilih sedaya ingkangPaduka paringaken dhateng Kawulamenika kagungan Paduka.8Kawula sampun nyariyosaken dhatengtiyang-tiyang menika pawartos ingkangPaduka paringaken dhateng Kawula, lantiyang-tiyang wau inggih sampun samipitados. Tiyang-tiyang wau mangertossaèstu, bilih asal Kawula menika sakingPaduka, lan bilih Paduka ingkang ngutusKawula.9Kawula ndongakaken tiyang-tiyangmenika. Kawula mboten ndongakakenjagad. Kawula namung ndedonga kanggétiyang-tiyang ingkang sampun Padukaparingaken dhateng Kawula kémawon,sebab tiyang-tiyang menika kagunganPaduka.10Menapa ingkang dados gadhahanKawula, menika ugi kagungan Paduka,lan sedaya kagungan Paduka menikainggih gadhahan Kawula, sarta

YOHANES 17.11–12 124

Kawula sampun kaluhuraken lantarantiyang-tiyang menika.11Samenika Kawula sowan wonten ingngarsa Paduka. Kawula badhé mbotenwonten ing donya malih, nangingtiyang-tiyang menika taksih wontening donya ngriki. Dhuh Rama, ingkangMahasuci! Tiyang-tiyang peparingPaduka dhateng Kawula menika mugitetepa wonten ing pangwaos Paduka,inggih menika pangwaos kados ingkangsampun Paduka paringaken dhatengKawula, supados tiyang-tiyang waudados setunggal, kados déné Paduka lanKawula menika setunggal.12Nalika tiyang-tiyang menika taksihtetunggilan kaliyan Kawula, sami Kawulareksa, supados sami tetepa wonten ingpangwaos Paduka, inggih pangwaosingkang sampun Paduka paringakendhateng Kawula. Tiyang-tiyang ingkangPaduka paringaken dhateng Kawulamenika sampun Kawula ayomi, lanmboten wonten setunggal kémawoningkang ical, kejawi tiyang ingkangpancèn sampun tinakdir manggihkarisakan, supados kelampahan menapa

YOHANES 17.13–17 125

ingkang sampun kaserat wonten ingKitab Suci.13Samenika Kawula sowan wonten ingngarsa Paduka. Lan Kawula ngaturakensedaya menika ing salebetipun Kawulataksih wonten ing donya, supadostiyang-tiyang menika saged tumutngraosaken kabingahan Kawula wontening manahipun.14Piwulang-piwulang saking Padukasampun Kawula sukakaken dhatengtiyang-tiyang menika, mila piyambakipundipun sengiti déning jagad, awit samisanès tiyangipun jagad, kados dénéKawula inggih sanès tiyangipun jagad.15Kawula mboten nyuwun supadostiyang-tiyang menika Paduka pundhutsaking jagad, namung supados Padukareksa, sampun ngantos piyambakipundipun kwaosi déning Iblis.16Kawula sanès tiyangipun jagad,mekaten ugi tiyang-tiyang menika inggihsanès tiyangipun jagad.17Tiyang-tiyang menika mugi Padukasengker dados kagungan Padukapiyambak, srana kayektosan Paduka.Pangandika Paduka menika kayektosan.

YOHANES 17.18–22 12618Kados déné Paduka sampun ngutusKawula dhateng ing jagad, kadosmekaten ugi Kawula inggih ngutustiyang-tiyang menika dhateng jagad.19Lan kanggé kepreluanipun tiyang-tiyang menika, Kawula masrahakenbadan Kawula dhateng Paduka, supadostiyang menika inggih saèstu enggènipunnucèkaken badanipun kados dénétiyang-tiyang ingkang sampun Padukasengker kagem Paduka piyambak.20Kawula ndedonga mboten namungkanggé tiyang-tiyang menika kémawon,nanging ugi kanggé tiyang-tiyangingkang pitados dhateng Kawula, mergasaking piwulangipun para sekabatmenika.21Panyuwun Kawula, supados sedayatiyang pitados menika dados setunggal,kados déné Paduka kaliyan Kawulamenika setunggal, sarta Kawula kaliyanPaduka ugi setunggal. Mugi sami dadosasetunggal, supados jagad menikapitados, bilih Paduka ingkang ngutusKawula.22Tiyang-tiyang menika sampunKawula sukani kamulyan, ingkangPaduka paringaken dhateng Kawula,

YOHANES 17.23–26 127

supados srana mekaten tiyang-tiyangwau dados setunggal, kados dénéPaduka kaliyan Kawula inggih setunggal.23Kawula nunggil kaliyan tiyang-tiyangmenika, sarta Paduka nunggil kaliyanKawula, supados sampurnaa enggènipundados setunggal, temah jagad sumerep,bilih Paduka menika ingkang ngutusKawula, sarta bilih Paduka nresnanitiyang-tiyang wau, kados déné enggènPaduka nresnani dhateng Kawula.24Dhuh Rama! Kawula kepénginsupados tiyang-tiyang menikasesarengan kaliyan Kawula, wonten ingpapan ingkang Kawula enggèni, supadossami sumerep dhateng kamulyanKawula, inggih menika kamulyaningkang Paduka paringaken dhatengKawula, awit Paduka nresnani Kawula,wiwit jagad menika dèrèng katitahaken.25Dhuh Rama ingkang mahaadil. Jagadmenika mboten tepang kaliyan Paduka,nanging Kawula tepang kaliyan Paduka,lan tiyang-tiyang menika mangertos bilihPaduka ingkang ngutus Kawula.26Kawula sampun mratélakakenkawontenan Paduka dhateng tiyang-tiyang menika, lan Kawula tansah badhé

YOHANES 18.1–5 128

nindakaken mekaten, supados tiyang-tiyang wau sami saged ngraosakenkatresnan Paduka dhateng Kawula lansupados Kawula inggih dados setunggalkaliyan tiyang-tiyang menika."

181Sawisé Gusti Yésus ndedongamengkono mau, Panjenengané

nuli tindak menyang sabrangé KaliKidron, kadhèrèkaké déning parasekabaté. Ing kono ana petamanan, singnuli dilebeti déning Gusti Yésus lan parasekabaté.2Déné Yudas, sing arep ngulungakéPanjenengané, ngerti panggonan kono,sebab Gusti Yésus kerep tindak mronokaro para sekabaté.3Yudas nuli mrono, nggawa prejuritlan wong sing jaga Pedalemané Allah,didhawuhi déning para pengarepingimam lan wong-wong Farisi. Wong-wongmau padha nggawa gaman, lampu tinglan obor.4Gusti Yésus pirsa kabèh apa sing bakalkelakon tumrap sarirané. Mulané banjurnyedhaki wong-wong mau karo ndangu:"Kowé padha nggolèki sapa?"5Wangsulané wong-wong mau: "Yésus,wong Nasarèt." Pangandikané Gusti

YOHANES 18.6–11 129

Yésus: "Ya Aku iki wongé." Yudas,sing ngulungaké Gusti Yésus kuwi ugangadeg ana ing kono bebarengan karowong-wong mau.6Nalika Gusti Yésus ngandika: "Ya Akuiki wongé," wong-wong mau nuli padhamundur kabèh lan tiba ana ing lemah.7Gusti Yésus nuli ngambali ndangu:"Kowé nggolèki sapa?" Wangsulanéwong-wong mau: "Yésus wong Nasarèt."8Pangandikané Gusti Yésus: "Aku wiskandha, Aku iki wongé. Lan menawasing kokgolèki kuwi Aku, wong-wongliyané iki karebèn padha lunga."9 (Srana ngandika mengkono kelakonapa sing wis dingandikakaké déningGusti Yésus sadurungé, mengkéné:"Dhuh Rama, tiyang-tiyang ingkangPaduka paringaken dhateng Kawula,mboten wonten setunggal kémawoningkang ketriwal.")10Simon Pétrus sing nalika semananggawa pedhang, ngunus pedhangé,banjur disabetaké marang abdiné ImamAgung, nganti kupingé tengen wong mauperung. Jenengé abdi mau Malkus.11Gusti Yésus nuli ngandika marangPétrus: "Pedhangmu rangkakna menèh!

YOHANES 18.12–17 130

Apa kokkira Aku ora gelem nandhangkasangsaran sing diparingaké déningSang Rama marang Aku?"12Para prejurit lan komandhané tuwinpara wong sing jaga Pedalemané Allahnuli padha nyekel lan mbanda GustiYésus.13Gusti Yésus diirid dhisik menyangdalemé Hanas, bapakné maratuwaKayafas, sing dhèk semana dadi ImamAgung.14Lan Kayafas kuwi sing wis mènèhipamrayoga marang wong-wong Yahudi,yèn luwih becik menawa wong siji waésing mati, kanggo sabangsa kabèh.15Simon Pétrus lan sekabat siji liyané,padha ngetutaké Gusti Yésus. Sekabatliyané mau kenalané Imam Agung, dadibisa terus mlebu ing pekarangané ImamAgung, bebarengan karo Gusti Yésus,16nanging Pétrus ngentèni ana ingnjaban régol. Sekabat kenalané ImamAgung mau nuli metu lan nembung karowong wadon sing jaga lawang, banjurmlebu menèh karo ngajak Pétrus.17Abdi wadon sing jaga lawang mautakon karo Pétrus: "É, é, napa sampéyansanès tunggilé tiyang-tiyang sing

YOHANES 18.18–22 131

ndhèrèk tiyang niku?" WangsulanéPétrus: "Sanès."18Nalika semana lagi mangsabedhidhing. Mulané para abdi lan parawong sing jaga padha gawé bedhiyanglan padha ngadeg gegeni sakubengébedhiyang mau. Pétrus uga ngadeg anaing kono mèlu gegeni.19 Ing kono Imam Agung nuli wiwitndangu marang Gusti Yésus bab parasekabaté lan bab piwulangé.20Gusti Yésus ngandika: "Kulaselaminipun mucal wonten ingngajengipun tiyang kathah ing sinagogé-sinagogé lan ing Pedalemanipun Allah,ing panggènan ingkang limrahipunkanggé kempalan tiyang-tiyang Yahudi.Mboten naté kula mucal sesidheman.21Kénging menapa Panjenenganndangu dhateng Kula? Mbok ndangukémawon dhateng tiyang-tiyang ingkangsampun sami mirengaken enggènKula mucal? Panjenengan ndangutiyang-tiyang menika menapa ingkangKula wucalaken. Tiyang-tiyang menikasampun sami mangertos!"22Nalika Gusti Yésus ngandikamengkono, ana salah sawijining wong

YOHANES 18.23–28 132

jaga ing sacedhaké kono napuk GustiYésus karo muni: "Kokkaya ngonowangsulanmu marang Imam Agung!"23Pangandikané Gusti Yésus: "Yènatur-Ku iki salah, kandhakna endi singsalah! Nanging yèn kandha-Ku bener,apa sebabé kowé napuk Aku?"24Hanas banjur akon nggawa GustiYésus menyang panggonané ImamAgung Kayafas. Astané Gusti Yésusdibanda.25Simon Pétrus isih ngadeg ana ingkono gegeni. Wong-wong ing sacedhaképadha takon marang Pétrus: "Kowérak ya muridé Wong kuwi ta?" NangingPétrus sélak, karo muni: "Dudu!"26Salah sijiné abdiné Imam Agung,yakuwi seduluré wong sing kupingékaperung déning Pétrus, kandha: "Akuweruh kowé bebarengan karo Wong kuwiana ing petamanan, rak iya ta?"27Pétrus banjur muni menèh: "Ora."Ing wektu kuwi nuli ana jago kluruk.28Sawisé kuwi Gusti Yésus banjur diiridsaka omahé Kayafas menyang dalemégubernur. Nalika semana isih ésukbanget. Wong Yahudi dhéwé padha oramlebu ing dalem gubernuran, supaya

YOHANES 18.29–34 133

(miturut prenatané agama) ora dadinajis, sebab arep padha ngriayakakéPaskah.29Mulané Gubernur Pilatus metunemoni wong-wong mau, sartangandika: "Wong kuwi salahé apa?"30Wong-wong mau padha mangsuli:"Menawi mboten lepat, mboten badhékula sowanaken mriki!"31Gubernur Pilatus nuli ngandikamenèh: "Priksanen dhéwé lan putusanadhéwé, apa ukumané miturut prenatanéagamamu!" Nanging wong-wong Yahudimau padha matur: "Kula mboten wenangndhawahaken ukuman pejah."32 (Kuwi kabèh supaya kelakona apasing wis dingandikakaké déning GustiYésus bab sédané.)33Gubernur Pilatus nuli mlebu menèhing dalem gubernuran lan nimbali GustiYésus. Gubernur Pilatus banjur ndangu:"Apa kowé kuwi ratuné wong Yahudi?"34Pangandikané Gusti Yésus: "Menapapitakènan menika saking panjenenganpiyambak, menapa wonten tiyangsanès ingkang ngaturi pirsa dhatengpanjenengan?"

YOHANES 18.35–38 13435Gubernur Pilatus mangsuli: "Aparumangsamu aku iki wong Yahudi?Bangsamu dhéwé lan para pengarepingimam kuwi sing ngladèkaké kowémarang aku. Apa penggawémukoknganti dicekel?"36Pangandikané Gusti Yésus: "KratonKula mboten saking donya. MenawiKraton Kula saking donya menika,tiyang-tiyang Kula temtunipun sampunnglawan perang, supados Kula sampunngantos dhawah ing tanganipun tiyangYahudi. Pancèn Kraton Kula mbotensaking donya ngriki!"37Gubernur Pilatus banjur ndangumenèh: "Yèn mengkono apa kowé kuwiratu temenan?" Pangandikané GustiYésus: "Kados ingkang panjenenganngandikakaken. Kula menika pancènratu! Prelunipun Kula lair wonten ingdonya menika namung setunggal, inggihmenika: neksèni bab kayektosanipunAllah. Sok tiyanga ingkang pitadosdhateng kayektosan menika, mesthimirengaken lan nggatosaken dhatengKula."38 (18-38a) Gubernur Pilatus nulitakon: "Kayektèn kuwi apa?" (18-38b)

YOHANES 18.39–19.3 135

Gubernur Pilatus banjur metu menèhnemoni wong-wong Yahudi lan ngandikamarang wong-wong mau: "Aku oraweruh kaluputané Wong iki!39Nanging manut padatan, pendhakRiaya Paskah aku ngluwari wong ukumansiji. Apa kowé setuju yèn aku ngluwariratuning wong Yahudi kuwi?"40Wong-wong akèh mau padhambengok: "Mboten! Sampun ngantosdipun luwari Tiyang menika! Kulanyuwun luwaripun Barabas kémawon!"(Barabas kuwi bégal.)

191Gubernur Pilatus nuli dhawuhnggawa Gusti Yésus, supaya

dipecuti.2Para prejurit sing ana ing kononuli padha nganam eri, diéntha kayamakutha. Makutha eri mau banjurdiagemaké ana ing mestakané GustiYésus. Sawisé kuwi Panjenengané nulidiagemi jubah wungu.3Prejurit-prejurit mau nuli padhamaju ing ngarsané Gusti Yésus, karomuni: "Ngaturi sugeng ratunipun tiyangYahudi!" Sawisé kuwi Gusti Yésus nulidikamplengi.

YOHANES 19.4–9 1364Gubernur Pilatus nuli metu sepisanmenèh lan ngandika marang wong akèhmau: "Delengen, Wongé arep dakgawaana ing ngarepmu, supaya kowé padhaweruh; yèn miturut panemuku Wongkuwi ora salah apa-apa."5Gusti Yésus nuli digawa metu, diagemimakutha eri lan jubah wungu. GubernurPilatus nuli ngandika: "Delengen, ikiWongé!"6Bareng para pengareping imam lanpara wong sing jaga padha weruh GustiYésus, banjur padha bengok-bengok:"Kasaliba, kasaliba!" Gubernur Pilatusngandika marang wong akèh mau:"Gawanen lan saliben dhéwé. Manutpanemuku Wong kuwi ora salahapa-apa."7Wangsulané wong Yahudi: "Manutangger-anggering agami kula, Tiyangmenika kedah dipun ukum pejah, sebabpiyambakipun ngaken-aken PutranipunAllah."8Bareng Gubernur Pilatus krungutembungé wong-wong sing mengkonomau, panjenengané saya wedi.9Gubernur Pilatus banjur mlebu menèhing dalem gubernuran lan takon marang

YOHANES 19.10–13 137

Gusti Yésus: "Asalmu saka ngendi?"Nanging Gusti Yésus ora kersa mangsuli.10Gubernur Pilatus banjur takonmenèh: "Apa kowé ora gelem caturankaro Aku? Ngertia yèn aku wenangngluwari kowé, nanging uga wenangnyalib kowé."11Pangandikané Gusti Yésus:"Panjenengan babar-pisan mbotengadhah wewenang dhateng Kula,menawi mboten kaparingan pangwaossaking Gusti Allah. Milanipun tiyang-tiyang ingkang ngladosaken Kuladhateng panjenengan, menikadosanipun langkung ageng ketimbangkaliyan dosa panjenengan."12Bareng Gubernur Pilatus krungusing mengkono mau, panjenenganébanjur ngudi supaya bisa ngluwari GustiYésus. Nanging wong-wong Yahudi sayabanget enggoné nguwuh-uwuh: "Menawipanjenengan ngluwari Tiyang menika,panjenengan sanès mitranipun Kaisar.Tiyang ingkang ngaken dirinipun ratumenika mengsahipun Kaisar!"13Krungu wong padha muni mengkono,Gubernur Pilatus nuli dhawuh, supayaGusti Yésus digawa metu, panjenengané

YOHANES 19.14–18 138

nuli lenggah ana ing kursi pengadilan,sing karan Gabata, tegesé ‘JrambahWatu.’14Nalika semana wektuné mèh jamrolas awan, ngarepaké Riaya Paskah.Gubernur Pilatus nuli ngandika marangwong-wong Yahudi: "Iki Ratumu!"15Wong mau banjur padha bengok-bengok: "Dipun pejahi! Dipun pejahi!Kasaliba!" Gubernur Pilatus mangsuli:"Apa karepmu supaya aku nyalibRatumu?" Para pengareping imam padhamangsuli: "Kula mboten gadhah Ratu,kejawi Sang Kaisar!"16Gubernur Pilatus banjur masrahakéGusti Yésus marang wong-wong Yahudi,supaya disalib. Gusti Yésus nuli diiridmetu, digawa lunga.17Sawisé kuwi Gusti Yésus digawa metusaka dalemé Gubernur Pilatus, karomanggul salibé, menyang panggonansing aran Golgota, tegesé ‘PanggonanCumplung.’h18Ana ing kono Gusti Yésus disalib. Anawong loro sing uga disalib bareng karoPanjenengané, sing siji ana ing kiwa,

hCumplung: tengkorak (bhs. Ind.).

YOHANES 19.19–24 139

sijiné ana ing tengené; Gusti Yésus anaing tengah.19Gubernur Pilatus wis mréntahakésupaya ing kayu salibé Gusti Yésusditulisi: "Yésus saka Nasarèt, Ratunéwong Yahudi."20Akèh wong Yahudi sing padha macatulisan kuwi, sebab ora adoh sakakutha. Tulisan ing kayu salib mau ditulisnganggo basa Ibrani, basa Latin lan basaYunani.21Para pengareping imam bangsaYahudi nuli padha matur marangGubernur Pilatus: "Sampun dipun serat‘Ratuné wong Yahudi,’ nanging kaserata‘Wong kuwi kandha, Aku Ratuné wongYahudi.’"22Nanging Gubernur Pilatus mangsuli:"Apa sing wis ditulis, aja diowahi!"23Sawisé para prejurit mau padhanyalib Gusti Yésus, nuli padha njupukagemané. Ageman mau diedum dadipatang bagéan, saben wong siji olèhsebagéan. Banjur padha njupuk jubahé.Jubah mau ora ana dondomané, ditenunlajuran saka ndhuwur mengisor.24Para prejurit mau padha kandha:"Jubah kuwi beciké aja disuwèk-suwèk.

YOHANES 19.25–29 140

Dilotré waé, bèn karuwan sapa singolèh." Kedadéan kuwi cocog karo singwis katulis ing Kitab Suci, sing surasanémengkéné: "Sandhangan Kawula samidipun edum-edum, saha jubah Kawuladipun lotré." Sing mengkono kuwi wiskatindakaké déning para prejurit.25 Ibuné Gusti Yésus lan seduluréwadon, yakuwi Maryam bojoné Klopas,sarta Maryam Magdaléna, padha ngadegana ing sacedhaké salibé Gusti Yésus.26Panjenengané mirsa ibuné lansekabat sing ditresnani padha ngadegana ing kono. Gusti Yésus nuli maturmarang ibuné: "Ibu, menika ingkangPutra."27Nuli ngandika marang sekabatémau: "Kuwi ibumu." Lan wiwit dina kuwisekabat mau mboyong ibuné Gusti Yésusana ing omahé dhéwé.28Sawisé kuwi Gusti Yésus pirsa yènsamubarang kabèh saiki wis rampung,Gusti Yésus nuli ngandika supayakelakon apa sing katulis ing Kitab Suci:"Aku ngelak."29 Ing kono ana mangkok isi anggursing rasané kecut. Nuli ana wong singnyelupaké jamur karang ing anggur

YOHANES 19.30–35 141

kecut mau, banjur dicublesaké ingpucuking hisop, banjur ditèmpèlaké inglathiné Gusti Yésus.30Sawisé nyecep anggur kecut mau,nuli nguwuh: "Wis rampung!" Mestakanébanjur tumungkul lan séda.31Nalika semana dina Jemuah, yakuwidina pacawisan Riaya Paskah. Supayaing dina Sabbat layon-layon mau ajanganti isih tetep ana ing kayu salib,mulané wong Yahudi padha nyuwunidin marang Gubernur Pilatus, ngremuksikilé wong-wong sing padha disalib, lanngudhunaké layon-layon mau saka ingkayu salibé.32Para prejurit nuli wiwit ngremukisikilé wong sing disalib ana ing kiwa lantengené Gusti Yésus.33Nanging bareng marani Gusti Yésus,kétok yèn Panjenengané wis séda.Mulané samparané Gusti Yésus oradiremuk.34Éwasemono salah sijiné prejuritnjojoh lambungé Gusti Yésus nganggotumbak, temah sanalika metu getihé lanbanyuné.35Wong sing ndeleng dhéwé lelakonkuwi sing ngandhakaké prekara mau,

YOHANES 19.36–40 142

mangka apa sing dikandhakaké kuwinyata, supaya kowé uga padha precaya,awit wong mau weruh dhéwé.36Srana mengkono kelakon apa singkatulis ana ing Kitab Suci, sing uninémengkéné: "Ora ana balungé singdiremuk."37Lan ana uga tulisan liyané sing uninémengkéné: "Wong-wong bakal padhandeleng marang Panjenengané sing wisdijojoh lambungé."38Sawisé kuwi Yusuf saka kuthaArimatéa, nyuwun idin marangGubernur Pilatus diparengna ngukuplayoné Gusti Yésus. (Yusuf kuwi wongprecaya, nanging olèhé ndhèrèk GustiYésus sesidheman, awit wedi karopenggedhéné wong Yahudi.) GubernurPilatus ngidini, mulané Yusuf banjurmangkat njupuk layoné Gusti Yésus.39Nikodémus sing biyèn tau sowan ingngarsané Gusti Yésus ing wayah bengi,uga mangkat bebarengan karo Yusuf.Nikodémus nggawa mur lan gaharusing wis diadoni. Kabèh boboté kira-kiratelung puluh kilogram.40Wong loro mau nuli ngudhunakélayoné Gusti Yésus, banjur diulesi kain

YOHANES 19.41–20.4 143

mori sarta nganggo adonan sing digawamau, miturut carané wong Yahudi.41 Ing panggonan sing kanggo nyalibGusti Yésus mau ana petamanan. Ingpetamanan kono ana kuburan anyar,sing durung tau dienggo.42Sarèhné kuburan kuwi cedhak,mangka ésuké wis dina Sabbat, mulanélayoné Gusti Yésus nuli disarèkaké anaing kono.

201 Ing dina Minggu, nalika isih ésukumun-umun, dadi isih peteng,

Maryam Magdaléna lunga menyangpesaréané Gusti Yésus. Ing kono MaryamMagdaléna weruh watu tutupé guwapesaréan mau wis sumingkir saka ingpanggonané.2Mula Maryam Magdaléna nuli mlayunggolèki Simon lan sekabaté Gusti Yésussing dikasihi, banjur kandha: "LayonéGusti Yésus wis dijupuk wong, aku orangerti ana ing ngendi olèhé nyèlèhaké!"3Pétrus lan sekabat sing dikasihiGusti Yésus mau sanalika nuli mangkatmenyang pesaréan.4Wong loro mau padha mlayu, nangingsekabat sing sijiné playuné luwih rikat

YOHANES 20.5–12 144

ketimbang karo Pétrus. Mulané tekanéing pesaréan luwih dhisik.5Bareng nginguk ing njero pesaréan,sakabat mau weruh kain mori ana ingkono, nanging dhèwèké ora terus mlebu.6Simon Pétrus sing tekané kèri, terusmlebu ing pesaréan. Pétrus weruh kainémori sumèlèh ana ing kono,7nanging kacu sing ditalèkaké ana ingmestakané Gusti Yésus ora ana ing kono.Kacu kuwi wis lempitan sumèlèh pisahkaro kain mori mau.8Sekabat sing teka dhisik mau ugabanjur mlebu ing pesaréan. Weruh kuwimau kabèh, temahan precaya.9 (Nganti wektu kuwi para sekabatdurung padha ngerti apa sing katulis anaing Kitab Suci, yèn Gusti Yésus bakalwungu saka ing séda.)10Sawisé kuwi para sekabat mau banjurpadha mulih.11Maryam isih kari ana ing ngareppesaréan karo nangis. Sajroné nangisMaryam mbungkuk karo nginguk ingnjero pesaréan.12Maryam weruh ana malaékat lorongagem sandhangan putih. Malaékat loromau padha lenggah ana ing panggonan

YOHANES 20.13–16 145

sing mentas kanggo nyarèkaké layonéGusti Yésus. Malaékat sing siji lenggahana ing prenahé mestaka, sing sijiné anaing prenahé samparané Gusti Yésus.13Para malaékat mau padha ndangumarang Maryam: "Ibu, yagéné kowékoknangis?" Wangsulané Maryam:"Wonten tiyang ingkang mendhetlayonipun Gusti kawula, lan kawulamboten sumerep wonten pundienggènipun nyèlèhaken!"14Sawisé matur mengkono, Maryamnuli méngo, sarta weruh Gusti Yésusjumeneng ana ing kono. NangingMaryam ora ngerti yèn kuwi Gusti Yésus.15Pendanguné: "Ibu, yagéné kowénangis? Kowé nggolèki sapa?" Maryamngira wong kuwi juru-taman. Mulanékandhané: "Pak, menawi sampéyaningkang mindhah layonipun Gusti kulasaking ngriki, wonten pundi enggènsampéyan nyèlèhaken. Mangké badhékula purugi mrika."16Gusti Yésus nuli ngandika: "Maryam."Maryam banjur nolèh, banjur muninganggo basa Ibrani: "Rabuni" (tegesé:‘Guru’).

YOHANES 20.17–21 14617Gusti Yésus ngandika: "Aja nggepokAku, awit Aku durung sowan marangRama-Ku. Lungaa nemoni sedulur-sedulur-Ku. Kandhanana: ‘Aku arepsumengka sowan marang ngarsanéRama-Ku, iya Ramamu; ing ngarsanéGusti-Ku lan iya Gustimu.’"18Maryam nuli mangkat ngandhanipara sekabat, yèn dhèwèké wis ketemuGusti Yésus, lan ngandhakaké welingémau kabèh.19 Ing dina Minggu kuwi uga, nalikawayah bengi, para sekabaté Gusti Yésuspadha ngumpul ana ing sawijining omah;lawang-lawangé dikunci kabèh, awitpadha wedi marang penggedhéné wongYahudi. Dumadakan Gusti Yésus rawuhing tengah-tengahé para sekabat mau,karo ngandika: "Tentrem rahayu anaaing kowé kabèh."20Sawisé ngandika mengkono nulinedahaké astané lan lambungé. Barengweruh Gusti Yésus, para sekabat maupadha bungah banget.21Gusti Yésus nuli ngandika sepisanmenèh marang para sekabat mau:"Tentrem rahayu anaa ing kowé kabèh.Kaya déné enggon-Ku diutus déning

YOHANES 20.22–26 147

Sang Rama, mengkono uga Aku ngutuskowé."22Sawisé ngandika mengkono, parasekabat nuli padha didamoni karodipangandikani: "Padha nampanana RohSuci.23Menawa kowé ngapura dosané wong,dosa mau uga diapura déning GustiAllah; lan menawa kowé netepakédosané wong, dosa kuwi uga ditetepakédéning Gusti Allah."24Tomas (sing uga ketelahDidimus, utawa ‘wong kembar’)kuwi panunggalané sekabat rolas; nalikaGusti Yésus ngetingal marang parasekabat, Tomas ora mèlu ngumpul.25Mulané para sekabat liyané nulikandha marang Tomas: "Aku wispadha ndeleng Gusti!" Nanging Tomasmangsuli: "Yèn aku durung ndelengtilasing paku ing astané lan durungndemèk tatu sing ana ing astané maunganggo drijiku dhéwé sarta durungnggrayang lambungé nganggo tanganku,aku durung ngandel."26Wolung dina sawisé kuwi parasekabaté Gusti Yésus padha ngumpulmenèh ing omah mau; Tomas uga

YOHANES 20.27–31 148

ana. Lawangé kabèh padha dikuncèni.Nanging Gusti Yésus mlebet lanjumeneng ana ing tengah-tengahé parasekabat mau, karo ngandika: "Tentremrahayu anaa ing kowé kabèh!"27Gusti Yésus nuli ngandika marangTomas: "Delengen tangan-Ku, endidrijimu, sing arep kokenggo ndemèktatu ing tangan-Ku. Endi tanganmu,grayangana lambung-Ku, kowé ajamangu-mangu, nanging precayaa!"28Tomas nuli matur marang GustiYésus: "Gusti kawula, Allah kawula!"29Gusti Yésus banjur ngandika marangTomas: "Apa enggonmu precaya kuwimerga kowé wis ndeleng Aku? Begjawong sing padha precaya senajan orandeleng Aku."30 Isih akèh mujijat-mujijat singditindakaké déning Gusti Yésus ana ingngarepé para sekabat, sing ora kasebuting Kitab Suci iki.31Olèhé ditulis ana ing Kitab Suci iki,supaya kowé padha precaya yèn GustiYésus kuwi Sang Kristus, Putrané Allah.Lan supaya srana precayamu kuwi kowépadha urip merga saka pangwasané.

YOHANES 21.1–6 149

211Sawisé kuwi Gusti Yésusngetingal menèh marang para

sekabaté ing sapinggiré Tlaga Tibérias.Critané mengkéné:2 Ing sawijining dina Simon Pétruslan Tomas, sing karan Didimus,Natanaèl sing asalé saka désa Kana, ingtanah Galiléa, anak-anaké Zébedéus,lan sekabat loro liyané, lagi padhanglumpuk.3Simon Pétrus nuli kandha marangkanca-kanca liyané mau: "Aku arepnjala!" "Aku mèlu," kandhané parasekabat-sekabat liyané marang Pétrus.Para sekabat mau nuli padha lunga,nunggang prau menyang tengah tlaga.Nanging sawengi muput para sekabatmau ora olèh iwak siji-sijia.4Bareng srengéngéné mlethèk, GustiYésus rawuh, jumeneng ana ing gisik,nanging para sekabat ora padha ngertiyèn sing jumeneng kuwi Gusti Yésus.5Gusti Yésus nuli ngandika: "Bocah-bocah, apa kowé padha duwé iwakkanggo lawuh?" Wangsulané parasekabat: "Mboten!"6Gusti Yésus nuli ngandika: "Jalamutibakna ing satengené prau, mengko

YOHANES 21.7–12 150

kowé rak olèh iwak." Para sekabat nulinibakaké jalané ana ing sisih tengenéprau. Jala mau banjur ora kena digèrèd,jalaran saka akèhé iwak.7Sekabat sing dikasihi déning GustiYésus banjur ngandhani Pétrus: "KuwiGusti!" Bareng Pétrus krungu yèn wongkuwi Gusti Yésus, Pétrus énggal-énggalnganggo jubahé menèh (sebab Pétrusngliga), banjur nggebyur ing banyu.8Para sekabat liyané padha nusulnganggo prau menyang gisik, karonggèrèd jalané sing kebak iwak mau.Prau mau ora adoh saka dharatan,kira-kira mung wetara satus mèter.9Bareng padha mudhun saka prau,para sekabat weruh ing kono ana mawa,lan ana iwak tumumpang ing ndhuwuré;kejaba kuwi uga ana roti.10Gusti Yésus nuli ngandika: "Nggawaaiwak sawetara olèhmu njala mau!"11Simon Pétrus nuli marani prauné lannggèrèd jalané menyang dharatan. Jalakuwi kebak iwak gedhé-gedhé. Kabèhcacahé ana satus sèket telu iji; senajaniwaké semono akèhé, jalané ora bedhah.12Gusti Yésus ngandika marang parasekabat: "Mrénéa padha sarapan." Para

YOHANES 21.13–16 151

sekabat mau siji waé ora ana sing wanitakon: "Panjenengan menika sinten?"Sebab padha ngerti yèn kuwi GustiYésus.13Gusti Yésus banjur mundhut rotimau, lan diparingaké marang parasekabat, semono uga iwaké.14Kuwi wis ping teluné enggoné GustiYésus ngetingal marang para sekabat,sawisé wungu saka ing séda.15Sawisé padha sarapan, GustiYésus nuli ndangu marang SimonPétrus: "Simon, anaké Yohanes, apakatresnanmu marang Aku ngungkulikatresnanmu marang wong-wong iki?"Wangsulané Pétrus: "Inggih Gusti,Gusti pirsa kawula tresna dhatengPanjenengan." Pangandikané GustiYésus: "Cempé-cempé-Ku padhaengonen!"16Gusti Yésus ndangu sing kapingpindhoné: "Simon, anaké Yohanes, apakowé tresna karo Aku?" WangsulanéPétrus: "Inggih Gusti, Panjenenganpirsa bilih kawula tresna dhatengPanjenengan." Dhawuhé Gusti Yésus:"Wedhus-wedhus-Ku padha engonen!"

YOHANES 21.17–19 15217Gusti Yésus ndangu menèh marangPétrus sing ping teluné: "Simon,anaké Yohanes, apa kowé tresnakaro Aku?" Pétrus dadi sedhih, sebabGusti Yésus ndangu dhèwèké ngantiping telu: "Apa kowé tresna karoAku?" Pétrus banjur matur menèh:"Gusti, Panjenengan pirsa samukawis.Gusti inggih pirsa, bilih kawula tresnadhateng Panjenengan." Gusti Yésus nulingandika: "Wedhus-wedhus-Ku padhaengonen!"18Kowé Dakkandhani ing satemené:"Nalika kowé isih enom, kowé nganggoklambi dhéwé, lan lunga menyangendi waé sing kokkarepaké. Nangingsamangsa wis tuwa, kowé bakalngulungaké tanganmu, lan wong liyasing bakal nglambèni kowé, lan nuntunkowé menyang panggonan sing orakokkarepaké."19 (Pangandikané Gusti Yésus singmengkono mau nedahaké bab enggonéPétrus mbésuk bakal mati kagemkaluhurané Gusti Allah.) Sawisé kuwiGusti Yésus nuli ngandika marangPétrus: "Mèlua Aku."

YOHANES 21.20–24 15320Bareng Pétrus nolèh, weruhsekabat sing dikasihi déning GustiYésus, uga mèlu. (Kuwi sekabat singlinggih jèjèr karo Gusti Yésus nalikadhahar, lan nyuwun pirsa marang GustiYésus: "Gusti, sinten ingkang badhéngulungaken Panjenengan?")21Bareng Pétrus weruh sekabatsing mèlu mau, Pétrus nuli maturmarang Gusti Yésus: "Gusti, kadospundimenggah tiyang menika?"22Pangandikané Gusti Yésus: "SaupamaDakkersakaké supaya wong kuwi uripnganti sateka-Ku, kuwi rak duduprekaramu. Nanging kowé, mèlua Aku!"23Mulané nuli dikabaraké ana ingkalangané para sekabaté Gusti Yésus,yèn sekabat kuwi mau ora bakal ngalamimati. Nanging satemené Gusti Yésusora ngandika mengkono; pangandikanésatemené: "Saupama Dakkersakakésupaya wong kuwi tetep urip ngantisateka-Ku, kuwi rak dudu prekaramu!"24 Iya sekabat sing ngetutaké Pétruslan Gusti Yésus mau sing neksèni lanwis nulis bab iki kabèh. Lan kita padhaweruh yèn paseksiné kuwi nyata.

YOHANES 21.25 15425 Isih akèh menèh prekara-prekarasing ditindakaké déning Gusti Yésus.Saupama kabèh mau ditulis siji-siji,dakkira jagad iki ora amot kanggomadhahi buku-buku sing ditulis mau.

Kisah Para Rasul

11Sedulurku Téofilus kang kinasih.Ing layangku sing kapisan, aku wis

nyaritakaké pakaryan lan piwulangéGusti Yésus, saka wiwitan mula,2nganti tekan Panjenengané mékradmenyang swarga. Sadurungé mékrad,lantaran pangwasané Sang Roh Suci,Gusti Yésus paring pitedah marang pararasul sing wis kapilih.3Sawisé wungu saka séda, Gusti Yésusbola-bali ngetingal marang para rasulsajroné patang puluh dina, minangkabukti, yèn Panjenengané gesang. Pararasul padha ndeleng Gusti Yésus, lanpadha dingandikani bab Kratoné GustiAllah.4Nalika para rasul lagi padha ngumpulbebarengan, Gusti Yésus paring dhawuhmarang para rasul mau, mengkéné:"Kowé aja padha lunga saka kuthaYérusalèm, nanging ngentènanakebabaring janjiné Rama-Ku, kaya singwis Dakkandhakaké marang kowé.

KISAH PARA RASUL 1.5–9 25Sebab Nabi Yohanes mbaptis kowénganggo banyu, nanging sawetara dinamenèh kowé bakal padha kabaptisnganggo Roh Suci."6Nalika para rasul lagi padha kumpulkaro Gusti Yésus, banjur padha nyuwunpirsa marang Panjenengané: "Gusti,menapa ing samenika Kratonipun Israèlbadhé Panjenengan pulihaken?"7Pangandikané Gusti Yésus: "Mbésukjaman apa lan kapan, kuwi ditemtokakédéning Sang Rama piyambak, manut ingsakeparenging kersané. Kowé padha oraprelu nyumurupi.8Nanging kowé bakal padha diparingikasektèn, yakuwi samasa Sang RohSuci wis nedhaki kowé, ateges kowé wisdikwasani déning Panjenengané. Lankowé bakal padha dadi seksi-Ku anaing kutha Yérusalèm, ing tanah Yudéakabèh lan ing tanah Samaria, malah ingsalumahing bumi."9Sawisé ngandika mengkono, GustiYésus nuli mékrad menyang swarga.Para rasul padha neksèni mau, ngantiPanjenengané ora ketingal, mergakaaling-alingan méga.

KISAH PARA RASUL 1.10–14 310Nalika lagi padha ngawasaké enggonémékrad mau, dumadakan ana priyaloro ngadeg ana ing jèjèré, nganggosandhangan putih.11Priya mau padha ngandika: "Kowé,wong-wong Galiléa, yagéné padhangadeg ana ing kéné tumenga ing langit?Gusti Yésus sing kokdeleng mékradmenyang swarga, bakal rawuh menèh,patrapé iya kaya sing kokdeleng kuwi."12Para rasul banjur padha bali sakaing Gunung Zaitun menyang kuthaYérusalèm. Gunung Zaitun monodohé saka kutha Yérusalèm kira-kirasekilometer.13Satekané ing kutha Yérusalèm,banjur padha munggah, ing lotèngingomah sing dipondhoki. Para rasul mauyakuwi: Pétrus, lan Yohanes, Yakobus lanAndréas, Filipus lan Tomas, Bartoloméuslan Matius, Yakobus anaké Alféus, lanSimon wong Zélot, sarta Yudas anakéYakobus.14Para rasul mau arep nganakakékumpulan pandonga bebarengan karopara wong wadon, lan karo Maryam,kang ibu, sarta sedhèrèk-sedhèrèkéGusti Yésus.

KISAH PARA RASUL 1.15–20 415Let sawetara dina nalika lagi padhangumpul, cacahé kabèh wetara wongsatus rong puluh, Pétrus nuli ngadeg lanmuni mengkéné:16 "Para sedulur! Surasané Kitab singdiwangsitaké déning Sang Roh Sucilumantar Sang Prabu Dawud kudukaleksanan, yakuwi bab Yudas, singngirid wong-wong sing padha nyekelGusti Yésus.17Yudas kuwi panunggalan kita,sebab Yudas mau wis kepilih déningGusti Yésus, supaya mèlu nindakaképegawéan sing kita ayahi."18Srana dhuwit opahé pialané mau,Yudas tuku palemahan. Ana ing konoYudas mati, tiba saka enggoné nglalu,bedhah wetengé, nganti mbrodholususé.19 (Wong sa-Yérusalèm padha ngertikabèh. Mulané palemahan mau disebut‘Akeldama’, sing tegesé ‘PalemahanGetih’.)20Pétrus nerusaké tembungé: "Sebabing Kitab Masmur ana tulisan mengkéné:‘Pémahanipun dadosa suwung, sampunngantos wonten ingkang ngenggèni.’

KISAH PARA RASUL 1.21–25 5

Sarta katulis uga mengkéné: ‘Supadostiyang sanès nggentosi pedamelanipun.’21Mulané saiki, kudu ana wong sijising katambahaké dadi rasul, sing mèludadi seksi mungguh wunguné GustiYésus. Wong mau kudu dipilih saka ingantarané wong-wong sing wiwit-wiwitantetunggalan karo kita, selawasé kitapadha tansah ndhèrèkaké tindaké GustiYésus;22yakuwi wiwit jamané Nabi Yohanesmbaptis wong, nganti tekan mékradémenyang swarga."23Wong-wong sing padha kumpulanmau ngusulaké wong loro, yakuwi Yusuf,sing karan Barsabas (uga disebut:Yustus), lan Matias.24Sing padha kumpulan mau banjurpadha ndedonga, aturé: "Gusti,Paduka pirsa manahipun manungsasedaya. Pramila, mugi Paduka kersanedahaken dhateng kawula sedaya,saking antawisipun tiyang kalih menikapundi ingkang Paduka pilih,25 supados nglenggahi kalenggahanrasul, ingkang katilar déning Yudas,margi tiyang menika késah dhateng

KISAH PARA RASUL 1.26–2.6 6

papan ingkang kacadhangaken kanggépiyambakipun."26Calon loro mau nuli diundhi; dénésing ketiban undhi yakuwi Matias. Matiasnuli ditetepaké dadi rasul, nggenepi pararasul sewelas mau.

21 Ing dina Riaya Péntakostanalika wong precaya kabèh padha

nglumpuk,2dumadakan ana swara saka inglangit, kaya gumrubuging angin gedhé.Swara mau ngebaki omah sing dienggokumpulan.3Wong-wong mau nuli padha weruhrerupan kaya urubing geni ilat-ilatan,méncok ing saben wong sing ana ingkono.4Wong kabèh mau nuli padhakapenuhan ing Roh Suci, sarta banjurpadha wiwit guneman nganggo basa singbéda-béda, manut apa sing dikersakakédéning Sang Roh Suci.5Nalika semana ing Yérusalèm anawong-wong Yahudi, wong-wong mursid,sing teka saka negara ngendi-endi, ingsalumahing bumi.6Bareng wong-wong kuwi padhakrungu swara mau nuli padha gumrudug

KISAH PARA RASUL 2.7–12 7

marani panggonan kono. Wong-wongpadha gumun lan judheg, merga sabenwong krungu para rasul lan murid-muridkuwi padha guneman nganggo basanéwong-wong sing padha teka mau.7Wong kabèh saking gumuné dadinjenger, nuli padha muni: "Apa singpadha guneman kuwi dudu wongGaliléa?8Kepriyé déné kita kokpadha krunguwong kuwi guneman nganggo basa kitadhéwé-dhéwé?9Kita rak wong-wong saka: Partia,Média, Élam, tanah Mésopotamia, Yudéa,lan Kapadhokia, Pontus lan Asia,10Frigia lan Pamfilia, Mesir lanwewengkoné tanah Libia, cedhak Kiréné,wong-wong manca saka negara Rum,11ya wong Yahudi asli, ya wong singmlebu agama Yahudi, wong Kréta lanwong Arab, kita kabèh padha krunguwong-wong kuwi guneman nganggobasa kita dhéwé-dhéwé, bab luhuringpakaryané Gusti Allah."12Wong mau kabèh padha kaéramanlan bingung, sing siji takon marangsijiné: "Gèk apa iki tegesé?"

KISAH PARA RASUL 2.13–17 813Nanging ana uga wong sing moyokiwong-wong mau, uniné: "Wong kuwi rakpadha mendem!"14Rasul Pétrus nuli ngadeg, semonouga kancané rasul sewelas. Klawanswara sora Rasul Pétrus banjur kandhaana ing ngarepé wong kabèh mau,mengkéné: "Para sedhèrèk kula bangsaYahudi, lan para sedhèrèk sedayaingkang manggèn ing kitha Yérusalèm,kula aturi mirengaken atur kula, supadosprekawis menika dados cetha tumrappanjenengan sedaya.15Tiyang-tiyang menika sanès tiyangmendem, kados panginten panjenengan,sebab samenika rak saweg jam sangaénjing.16Prekawis menika rak ingkang sampunkaweca déning Nabi Yoèl:17Pangandikané Gusti Allah, ‘Iki singbakal Daktindakaké ing dina wekasan,Aku bakal maringaké Roh-Ku marangmanungsa kabèh. Anakmu lanang lanwadon bakal padha nerangaké kersanéGusti Allah. Para nom-nomanmu bakalpadha tampa wahyu, lan wong-wongtuwamu bakal padha olèh impèn.

KISAH PARA RASUL 2.18–22 918 Ing dina kuwi dalah para abdimu singasor dhéwé, lanang lan wadon, bakalDakparingi Roh-Ku, lan bakal padhanerangaké kersa-Ku.19Aku bakal nganakaké mujijat-mujijatana ing langit ndhuwur, lan prekara-prekara sing nggumunaké ana ing bumingisor. Ing kono bakal ana getih, genilan kukus kumelun.20Srengéngé bakal malih dadi peteng,sarta rembulan bakal dadi abang kayagetih, sadurungé tekan Dinané Pangéransing agung lan luhur.21 Ing mangsa kuwi saben wong singnyebut asmané Pangéran bakal tampapitulungan.’22Para sedhèrèk kula Israèl! Kula aturimirengaken tembung kula menika,inggih menika bab Gusti Yésus sakingNasarèt. Panjenenganipun menikaTiyang ingkang kautus déning GustiAllah. Prekawis menika sampunpanjenengan sipati sedaya sranamujijat-mujijat, kaélokan-kaélokan,sarta pretandha-pretandha ingkangdipun wujudi déning Gusti Allah lumantarGusti Yésus. Panjenengan piyambaksampun sami mangertos prekawis

KISAH PARA RASUL 2.23–27 10

wau, awit sedaya wau kelampahanipunwonten ing antawis panjenengan ngriki.23Manut kersa lan kawicaksananipunpiyambak Gusti Allah sampunngulungaken Gusti Yésus dhatengpanjenengan sedaya. Gusti Yésussampun panjenengan sédani, sranakasalib, lantaran tanganipun tiyang-tiyang dosa ingkang sami nyalibPanjenenganipun.24Nanging sukur, déné Gusti Allahsampun mungokaken Gusti Yésuswau saking séda, sarta ngluwariPanjenenganipun saking sangsaranépejah, awit pejah mboten badhé ngwaosiPanjenenganipun.25Sang Prabu Dawud sampun ngandikabab Panjenenganipun mekaten: ‘Akuselawasé ana ing ngarsané GustiAllah; Panjenengané jumeneng ana ingtengenku, mulané aku ora wedi.26Merga saka kuwi atiku senengtembungku kebak kabungahan; lantekan badanku pisan duwé pengarep-arep sing mantep.27Sebab Paduka mboten badhénilar kawula ing padununganipuntiyang pejah, sarta mboten négakaken

KISAH PARA RASUL 2.28–31 11

abdi Paduka ingkang setya, ngalamikarisakan.28Paduka sampun nedahaken margidhateng kawula, ingkang nuntundhateng gesang; lan manah kawulakebak kabingahan, awit Paduka wontensacelak kawula.’29Para sedhèrèk sedaya! Keparengakula criyos sawontenipun bab leluhur kitaSang Prabu Dawud. Panjenenganipunséda sarta kasarèkaken, lanpasaréanipun sepriki taksih wonten ingantawis kita.30Sang Prabu Dawud menika inggihnabi, lan pirsa bab prejanjinipun GustiAllah dhateng panjenenganipun ingkangkaparingaken kalayan supaos, bilihGusti Allah badhé njumenengaken salahsetunggaling turunipun dados ratuingkang sekti, kados Sang Prabu Dawudpiyambak.31Sang Prabu Dawud wau pirsa,menapa ingkang badhé katindakakendéning Gusti Allah. Mila panjenenganipunsaged meca bab wungunipun SangKristus, nalika ngandika: ‘Panjenenganéora bakal katégakaké ana ing

KISAH PARA RASUL 2.32–36 12

padunungané wong mati; lan sariranéora ditégakaké dadi rusak.’32 Inggih Gusti Yésus menika ingkangdipun wungokaken Gusti Allah sakingséda. Déné kula sedaya menika samidados seksinipun bab prekawis wau.33Gusti Yésus samenika sampunmékrad dhateng swarga, sarta lenggahwonten ing tengenipun Gusti Allah,saha sampun nampèni Roh Sucisaking Gusti Allah, kados ingkangsampun dados janjinipun. Roh Sucimenika inggih sampun kaparingakendhateng kula sedaya. Lan menapaingkang sami panjenengan tingali lanpanjenengan pireng, menika mbotensanès pedamelanipun Roh Suci menikapiyambak.34Sebab Sang Prabu Dawud piyambakmboten mékrad dhateng swarga,panjenenganipun namung ngandika:‘Pangéran wis ngandika marang Gustiku:35 lungguha ing kéné, ing tengen-Ku, nganti mungsuh-Mu kabèh wisDakdadèkaké ancik-anciking tlapakan-Mu!’36Awit saking menika tiyang Israèlsedaya kedah mangertos kanthi yakin,

KISAH PARA RASUL 2.37–40 13

bilih inggih Yésus ingkang panjenengansalib menika ingkang déning Gusti Allahsampun kajumenengaken Gusti lanMèsias."37Bareng wong akèh krungu ketrangansing mengkono mau, atiné trenyuhbanget. Nuli padha matur marang RasulPétrus lan para rasul liyané: "Parasedhèrèk, menawi mekaten menapaingkang kedah kula lampahi?"38Wangsulané Rasul Pétrus:"Panjenengan kula aturi sami mratobat,lan nyuwuna dipun baptis ing asmanipunGusti Yésus Kristus, temah panjenenganbadhé tampi pangapuntening dosa; lantampi peparingipun Gusti Allah, inggihmenika Sang Roh Suci.39Sebab ingkang kaparingan prejanjimenika panjenengan lan anak-anakpanjenengan, sarta sedaya tiyang sanèsYahudi, ingkang dipun timbali déningPangéran Allah kita."40Kaya mengkono Rasul Pétrusenggoné akon wong-wong mau, apadéné enggoné ngatag-atag kanthitemen-temen, tembungé: "Samimilujengna gesang panjenengan saking

KISAH PARA RASUL 2.41–46 14

paukuman, ingkang badhé ndhatengitiyang-tiyang awon menika!"41Akèh wong sing padha precayamarang pangandikané Rasul Pétrus mau,sarta dibaptis. Ing dina kuwi wong singprecaya tambah telung èwu jiwa.42Wong-wong mau padha sregepnyinau piwulangé para rasul, mlebudadi warganing pasamuwan lan kembulbujana sarta mèlu kumpulan pandonga.43Akèh mujijat lan kaélokan singditindakaké déning para rasul, mulanésaben wong padha wedi lan ngajènibanget.44Para wong precaya mau padha lestarienggoné manunggal. Apa sing diduwènidianggep dadi duwèké wong akèh.45Ana sing padha ngedoli barang-barang sing diduwèni, lan pepayonédiedum-edum marang wong-wongmiturut kebutuhané.46Wong-wong mau saben dina padhaajeg ngumpul kaya déné masamuwanana ing Pedalemané Allah; padha kembulbujana ana ing omahé para warga,giliran. Apa sing disuguhaké dipanganklawan bungah lan éklasing ati,

KISAH PARA RASUL 2.47–3.5 1547 sarta padha memuji marang GustiAllah. Wong-wong mau padha kajèn landisenengi déning masarakat. Saben dinacacahing wong sing padha dislametakédéning Gusti Allah mundhak-mundhak.

31 Ing sawijining dina jam telu awanngarepaké wektu sembahyang,

Rasul Pétrus lan Rasul Yohanes padhamenyang Pedalemané Allah.2 Ing sacedhaké gapuraningPedalemané Allah, sing karan "GapuraÉndah," ana wong lumpuh wiwit lairmula. Wong lumpuh mau saben dinadigéndhong lan dipapanaké ana ingsacedhaké gapura mau, supaya bisangemis marang wong-wong sing padhamlebu ing Pedalemané Allah.3Bareng wong lumpuh mau weruhRasul Pétrus lan Rasul Yohanes arepmlebu Pedalemané Allah, banjur nyuwunsedhekah.4Rasul loro-loroné padha mandengwong lumpuh mau lan Rasul Pétrusbanjur ngandika: "Ngingetna aku!"5Wong lumpuh mau iya nuli ngawasakéRasul Pétrus lan Rasul Yohanes, karongarep-arep bakal diparingi apa-apa.

KISAH PARA RASUL 3.6–11 166Nanging Rasul Pétrus ngandika:"Dhuwit aku ora duwé, nanging apa singdakduwèni iki dakwènèhaké marangkowé: Atas asmané Gusti Yésus Kristussaka Nasarèt, mlakua!"7Pétrus nuli nyekel tangané tengenwong lumpuh mau, nulungi enggonéngadeg. Sanalika sikilé lan poloké wongmau dadi kukuh,8nuli ngadeg maknyat lan mlakumrana-mréné. Wong mau nuli ndhèrèkpara rasul mlebu ing PedalemanéAllah karo lincak-lincak lan memuji,ngluhuraké asmané Gusti Allah.9Wong akèh sing padha ana ing kono,padha weruh wong mau mlaku lanmemuji asmané Gusti Allah,10 lan uga ora pangling yèn wong mauwong ngemis, sing adaté lungguh anaing "Gapura Éndah". Mulané wong kabèhpadha cingak lan kaéraman bab apa singwis kelakon ing ngatasé wong mau.11Sarèhning wong sing mentasdiwarasaké mau tansah ngetutakélakuné Rasul Pétrus lan Rasul Yohanes,mulané wong akèh sing padhakaéraman mau ngrubung para rasul

KISAH PARA RASUL 3.12–15 17

ana ing bangsal, sing disebut "BangsalSuléman".12Bareng Rasul Pétrus pirsa wongakèh mau banjur ngandika mengkéné:"Para sedhèrèk Israèl. Kéngingmenapa panjenengan sami gumundhateng lelampahan menika lan ningalikula kekalih, kados-kados ingkangmurugaken tiyang menika sagedmlampah, margi saking pangwaos utawikamursidan kula piyambak?13Allahipun Rama Abraham, Iskaklan Yakub, inggih menika Allahipunpara leluhur kita, sampun ngluhurakenAbdinipun, inggih menika Gusti Yésus.Panjenengan sampun ngulungaken GustiYésus wau dhateng para pangwasa, lannampik Panjenenganipun wonten ingngarsanipun Gubernur Pilatus, senajanGubernur Pilatus sampun mutus badhéngluwari Gusti Yésus wau.14Panjenenganipun menika Tiyangingkang suci lan leres, nanging samipanjenengan tampik, sarta nyuwunsupados Pilatus ngluwari tiyang ingkangdamel pepejah.15Srana mekaten panjenengan sampunmejahi Tiyang ingkang dados sumbering

KISAH PARA RASUL 3.16–20 18

ngagesang. Nanging Gusti Allah sampunnangèkaken Gusti Yésus saking séda, lankula sakanca neksèni prekawis menika.16 Inggih pangwaosing asmanipunGusti Yésus menika ingkang ngiyatakentiyang lumpuh menika. Menapa ingkangpanjenengan sipati lan panjenenganseksèni menika kelampahan ingsalebeting kapitadosan dhatengasmanipun Gusti Yésus Kristus. Inggihkapitadosan menika ingkang njalarisarasipun tiyang lumpuh menika kadosingkang panjenengan tingali samangké.17Para sedhèrèk, kula mangertos,bilih enggèn panjenengan lan parapengageng panjenengan tumindakmekaten menika margi saking kirangingpangertosan.18Nanging srana mekaten sampunkelampahan menapa ingkang dipunngandikakaken déning Gusti Allah kalarumiyin lantaran para nabi, bilih SangKristus kedah nglampahi sangsara.19Pramila sami mratobata lan wangsuladhateng Gusti Allah, supados angsalpangapuntening dosa panjenengan,20 lan Pangéran lajeng badhényegeraken nyawa panjenengan, tuwin

KISAH PARA RASUL 3.21–25 19

ngutus Gusti Yésus, ingkang sampunkatemtokaken dados Juru Wilujengpanjenengan.21Panjenenganipun samenikakakersakaken wonten ing swargangantos dumugi ing wekdalipunsamukawis kadadosaken énggal, kadosingkang sampun dipun ngandikakakendéning Gusti Allah lantaran paranabinipun.22Sebab Nabi Musa sampun ngandika:‘Pangéran Allahmu bakal ngutus Nabimarang kowé, saka ing panunggalanmudhéwé, kaya enggoné ngutus aku. Kowépadha ngrungokna sakèhing prekarasing didhawuhaké marang kowé.23Sebab sing sapa ora ngrungokaképangandikané Nabi mau, bakal dianggepdudu umaté Gusti Allah, lan ditumpes.’24Para nabi sedaya ingkang sampunsami medharaken kersanipun GustiAllah, wiwit Nabi Samuèl lan para nabisapengkeripun, ugi sampun sami mecabab jaman samangké.25Prejanji-prejanjinipun Gusti Allahlantaran para nabi wau sedaya kanggépanjenengan. Mila panjenengan tumutkawengku ing prasetyanipun Gusti Allah

KISAH PARA RASUL 3.26–4.4 20

dhateng para leluhur panjenengan,inggih menika prejanjinipun GustiAllah dhateng Rama Abraham: ‘Mergasaka turunmu sakèhing bangsa ingsalumahing bumi bakal kaberkahan.’26Kados mekaten Gusti Allah sampunmilih lan ngutus Abdinipun, supadosngrawuhi panjenengan rumiyin,mberkahi panjenengan lan nuntunpanjenengan sedaya supados nilarmargining piawon ingkang panjenenganambah."

41Nalika Rasul Pétrus lan RasulYohanes isih padha ngandikani wong

akèh mau, dumadakan ditekani déningpara imam, penggedhéné sing jagaPedalemané Allah, lan wong Saduki.2Wong-wong kuwi padha nepsu, sebabpara rasul padha mulang wong akèh,yèn Gusti Yésus wis wungu saka ingséda. Srana mengkono mbuktèkaké yènwong mati bakal katangèkaké.3Rasul loro mau nuli dicekel lan ditahanana ing pakunjaran nganti dina ésuké,merga nalika semana wis soré.4Nanging wong-wong sing padhangrungokaké piwulangé para rasul mauakèh sing padha precaya, nganti cacahé

KISAH PARA RASUL 4.5–10 21

wong lanang sing precaya mundhak dadikira-kira limang èwunan.5Ésuké para pengarepé wong Yahudi,para pinituwa lan para ahli Torèt padhangumpul ana ing kutha Yérusalèm.6Padha nganakaké pirembugan karoImam Agung Anas lan Kayafas, Yohaneslan Alèksander, sarta wong kabèh, singkagolong kulawargané Imam Agung.7Para rasul mau didhawuhi ngadhep,nuli ditakoni: "Kepriyé enggonmumarasaké wong lumpuh wingi kaé? Kowépadha olèh pangwasa saka endi lan atassaka jenengé sapa?"8Rasul Pétrus kapenuhan ing Sang RohSuci, nuli matur: "Para pemimpin tuwinpara pinisepuh, ingkang kula urmati.9Sarèhning kula samenika sami dipunpriksa bab pendamel saé ingkangsampun kula tindakaken dhateng tiyanglumpuh menika, sarta panjenengansami kepéngin pirsa kadospundikelampahanipun.10Mila mugi ndadosna ing pamirsapanjenengan lan umat Israèl sedaya,bilih tiyang ingkang wonten ing ngarsapanjenengan menika kasarasaken, margisaking pangwaosipun Gusti Yésus saking

KISAH PARA RASUL 4.11–14 22

Nasarèt ingkang sampun panjenengansalib, ingkang sampun kawungokakensaking séda déning Gusti Allah.11 Inggih Gusti Yésus menika ingkangkasebut ing Kitab Suci, mekaten: ‘Watusing ditampik déning para ahli gawéomah, malah dadi watu sing gedhédhéwé gunané.’12Kawilujengan menika dhatengipunnamung saking Gusti Yésus, lanmboten saking tiyang sanès. Sebabing sakurebing langit menika mbotenwonten asma sanèsipun ingkang dipunparingaken déning Gusti Allah dhatengmanungsa, ingkang dados merginingkawilujengan kita."13Para warganing Pradata Agamapadha gumun marang kekendelanéRasul Pétrus lan Rasul Yohanes, apamenèh padha ngerti yèn para rasul kuwiwong lumrah lan dudu wong wetonsekolahan dhuwur. Wong-wong mau nulipadha kèlingan yèn rasul-rasul mau taundhèrèk Gusti Yésus.14Nanging para wargané Pradata maupadha ora bisa muni apa-apa, jalaranpadha weruh wong sing diwarasaké kuwingadeg ana ing sandhingé para rasul.

KISAH PARA RASUL 4.15–19 2315Mulané Pradata banjur akon rasul-rasul mau metu saka kamar. Pradatabanjur nganakaké pirembugan dhéwé,16 tembungé: "Tiyang-tiyang menikabadhé kita menapakaken? Saben tiyangingkang manggèn wonten ing kithaYérusalèm sampun mangertos, bilihtiyang kalih menika sampun damelmujijat ingkang ageng. Prekawis menikamboten saged kita bantah.17Nanging supados prekawis menikamboten saya kawentar, prayogimenawi tiyang-tiyang wau kita ancamkémawon, supados sampun pisan-pisannyariyosaken dhateng sinten kémawonbab Yésus."18Rasul loro-loroné nuli dikon mlebumenèh, lan diancam supaya aja pisan-pisan nyebut utawa memulang bab GustiYésus.19Nanging Rasul Pétrus lan RasulYohanes mangsuli: "Panjenengan kulaaturi nggalih piyambak, pundi ingkangleres wonten ing ngarsanipun GustiAllah, nuruti dhawuh panjenengan,menapa manut dhateng dhawuhipunGusti Allah.

KISAH PARA RASUL 4.20–25 2420Sebab kula sami mboten sagedmèndel nyariyosaken prekawis ingkangsampun kula tingali lan kula pirengpiyambak."21Pradata ora bisa nemokaké prekarasing kena dienggo alasan ngukum RasulPétrus lan Rasul Yohanes, mulané sayabanget olèhé ngancam. Éwadéné pararasul nuli diluwari, sebab wong kabèhpadha memuji asmané Gusti Allah mergalelakon mau.22Awit wong sing diwarasaké sranamujijat kuwi umuré wis patang puluhtaun luwih.23Sawisé diluwari, Rasul Pétrus lanRasul Yohanes nuli énggal-énggal balimarani kanca-kancané lan nyritakakéapa sing dikandhakaké déning parapengareping imam lan para pinituwa.24Bareng krungu critané para rasulmau, wong kabèh nuli padha bebarenganmatur marang Gusti Allah mengkéné:"Dhuh Allah ingkang nitahaken langit lanbumi, seganten lan saisinipun sedaya,25 srana Roh Suci Paduka sampunngandika lantaran abdi Paduka SangPrabu Dawud, leluhur kawula mekaten:‘Yagéné wong sing ora wanuh marang

KISAH PARA RASUL 4.26–29 25

Gusti Allah padha nepsu, ngengancam,yagéné para bangsa padha ngrancangnindakaké sing tanpa guna?26Para raja ing donya padha tata-tataarep perang, lan para pangwasapadha nglumpuk arep nglawan marangPangéran lan Sang Kristus.’27Awit Sang Prabu Hérodès lanGubernur Pontius Pilatus pancèn sampunsarembag kaliyan tiyang kapir lantiyang-tiyang Israèl wonten ing kithangriki sumedya nglawan dhateng GustiYésus, Abdi Paduka ingkang setya,ingkang sampun Paduka wisudha dadosSang Mèsias.28Anggènipun sami nglempak waumargi badhé nindakaken samukawisingkang wiwit-wiwitan mila sampunPaduka temtokaken kanthi pangwasa,miturut ing kersa Paduka piyambak.29Déné samenika, dhuh Pangéran,mugi Paduka kersa nguninganipangancamipun tiyang-tiyang menikadhateng kawula sedaya, lan paraabdi Paduka mugi sami kaparinganakekendelan salebetipun sami martosakenInjil Paduka.

KISAH PARA RASUL 4.30–35 2630Mugi Paduka kersa nguluraken astaPaduka kanggé nyarasaken sesakit, lankeparenga kawula sami nindakakenkaélokan-kaélokan tuwin mujijat-mujijatkrana asmanipun Gusti Yésus, AbdiPaduka ingkang suci menika."31Sawisé rampung enggoné ndedonga,panggonan sing kanggo ngumpul mauhoreg. Wong-wong mau nuli padhakapenuhan ing Roh Suci sarta padhangabaraké Injil klawan kendel.32Kabèh sing padha precaya mau padharukun nunggal ati lan pikiran. Ora anawong sing nganggep barang-darbèkékuwi duwèké dhéwé, nanging apasaduwèké diduwèni bebarengan.33Para rasul padha awèh paseksiklawan pangwasa gedhé bab wungunéGusti Yésus saka ing séda. Déné GustiAllah nglubèraké berkah marang wongmau kabèh.34 Ing pasamuwan mau ora ana wongsiji-sijia sing nandhang kekurangan,merga wong sing padha duwé palemahanlan omah, padha diedol,35pepayoné nuli dipasrahaké marangpara rasul. Dhuwité banjur diedum-edum marang wong-wong sing padha

KISAH PARA RASUL 4.36–5.4 27

mbutuhaké, miturut gedhé cilikingkebutuhané.36Semono uga Yusuf, sing déningpara rasul disebut Barnabas (tegesépanglipur), wong Lèwi saka pulo Siprus,37ngedol pategalané. Déné dhuwitpepayoné nuli dicaosaké marang pararasul.

51 Ing pasamuwan kono ana wongjenengé Ananias, lan bojoné jenengé

Safira. Ananias mau ngedol palemahané,2nanging sadurungé pepayoné maudipasrahaké marang para rasul, singsapérangan diunthet. Tindaké singmengkono mau kanthi sarujuké bojoné;liyané dipasrahaké marang para rasul.3Nanging Rasul Pétrus ngandika:"Ananias, atimu kokolèh dikwasanidéning Iblis, nganti kowé wani nggorohiSang Roh Suci, sarta ngunthet pepayonépalemahanmu?4Sadurungé kokedol, palemahankuwi rak duwèkmu dhéwé, lan sawisékokedol, dhuwit pepayoné rak iyaduwèkmu dhéwé? Yagéné kowé kokduwépretingkah mengkono? Dudu manungsasing kokgorohi, nanging Gusti Allah!"

KISAH PARA RASUL 5.5–10 285Bareng krungu pangandika mengkonomau, Ananias terus ambruk, mati;temah sakèhing wong sing krungu bablelakon kuwi padha wedi banget.6Para nonoman sing padha ana ingkono nuli padha mlebu, ngupakaralayoné Ananias, nuli digotong metu sartadikubur.7Kira-kira telung jam menèh Safiramlebu, nanging ora ngerti apa singmentas kelakon.8Rasul Pétrus nuli ngandika marangSafira: "Kandhaa sing sabeneré.Apa dhuwit semono kuwi wis kabèhpepayoné palemahan sing padhakokedol?" Wangsulané wong wadonmau: "Inggih, èstu semanten!"9Pangandikané Rasul Pétrus: "Yagénékowé lan bojomu padha ayon nyobamarang Rohé Pangéran? Wong-wongsing mentas padha ngubur layonébojomu, saiki wis padha teka lan iyaarep nggotong kowé!"10Wong wadon mau sanalika ambruk,mati ana ing ngarepé Rasul Pétrus. Paranonoman nuli padha mlebu lan weruhwong wadon mau wis mati. Layoné

KISAH PARA RASUL 5.11–15 29

nuli digotong metu sarta dikubur ingsandhingé sing lanang.11Wong sapasamuwan lan wong liyanékabèh sing krungu kedadéan mau padhabanget wediné.12Akèh mujijat-mujijat lan kaélokan-kaélokan sing ditindakaké déning pararasul ing antarané wong akèh. Sakèhingwong sing padha precaya ngumpul anaing ‘Bangsal Suléman’ ing PedalemanéAllah.13Wong sanjabané pasamuwan ora anasing wani mèlu kumpulan, senajan wongkabèh padha éring marang pasamuwanmau.14Éwasemono saya akèh cacahéwong sing padha mlebu dadi warganépasamuwan, yakuwi wong sepirang-pirang sing padha precaya marang GustiYésus.15Apa sing ditindakaké déning pararasul mau njalari wong lara padhadigotong menyang dalan-dalan,disèlèhaké ana ing ambèn lan ana ingklasa, supaya yèn Rasul Pétrus liwat,saora-orané ana wong sawetara singbisa ketiban ayang-ayangé.

KISAH PARA RASUL 5.16–21 3016Wong pirang-pirang saka ing kutha-kutha sakubengé kutha Yérusalèm,padha gumrudug teka, nggawa wongsing padha lara utawa sing padhakesurupan. Wong lara mau kabèh padhadiwarasaké déning para rasul.17 Iku mau kabèh njalari Imam Agunglan kanca-kancané, wargané golonganSaduki, padha mèri banget marang pararasul; mulané banjur padha tumandang.18Para rasul nuli padha dicekel landitahan ana ing pakunjaran umum.19Nanging bengi kuwi uga anaMalaékating Pangéran sing mbukaklawang-lawanging pakunjaran, sartangirid para rasul metu saka ing kono.Malaékat mau ngandika marang pararasul:20 "Padha lungaa lan ngadega ana ingPedalemané Allah, lan wulangna marangmasarakat samubarang sing magepokankaro urip anyar."21Para rasul padha ngèstokaké dhawuhmau, lan nalika isih ésuk umun-umunwis padha mlebu ing Pedalemané Allahlan wiwit memulang. Imam Agunglan kanca-kancané nuli nglumpukakésakèhing para pinituwané bangsa Yahudi

KISAH PARA RASUL 5.22–25 31

kabèh, diajak nganakaké parepatanPradataning Agama. Pradataning Agamanuli utusan ngetokaké para rasul sakaing pakunjaran, supaya disowanaké.22Nanging bareng para utusan tekanpakunjaran, para rasul ora ana. Banjurpadha bali ngaturi pirsa marangPradataning Agama,23aturé: "Nalika kula sami dumugi ingpakunjaran, sedaya kori pinanggih taksihkancingan rapet, sedaya tiyang jagitaksih pepak wonten ing papan penjagèning ngajenging kori. Nanging sarengkorinipun kula bikak, ing nglebet mbotenwonten tiyangipun setunggal-tunggala!"24Bareng perwira pengawal PedalemanéAllah sarta para pengareping imampadha krungu pelapuran mengkonomau, nuli padha dheleg-dheleg, nggagasanané lelakon sing dialami déning pararasul ing pakunjaran mau.25Nanging ora wetara suwé banjur anawong mlebu ing parepatan, sarta maturmarang Pradata Agama: "Ndadosna ingpamirsa, bilih tiyang-tiyang ingkangsampun panjenengan lebetaken ingpakunjaran menika, samenika sami

KISAH PARA RASUL 5.26–31 32

wonten ing Pedalemanipun Allah, sartamemulang dhateng tiyang kathah."26Perwira pengawal Pedalemané Allahkaro pendhèrèké nuli metu lan orawetara suwé mlebu menèh ngirid pararasul. Enggoné nyekel para rasul maupatrapé ora kasar, awit padha wedidibenturi watu déning wong akèh.27Para rasul nuli digawa mlebu ngadhepmarang Pradata Agama. Imam Agungbanjur ngandika:28 "Kowé rak wis padha dakwanti-wantiora kena memulang bab Wong kuwi.Nanging nyatané apa sing koktindakaké?Kowé wis nyebar piwulang nyrambahisakutha Yérusalèm kabèh, lan kowé arepnempuhaké getihé Wong kuwi ana ingaku."29Rasul Pétrus lan rasul sijiné mangsuli:"Kita kedah langkung mbangun-turutdhateng Gusti Allah ketimbang dhatengmanungsa.30Allahipun leluhur kita sampunnangèkaken Gusti Yésus, sasampunipunpanjenengan sédani, srana kapenthanging kajeng salib.31 Inggih Gusti Yésus menika ingkangsampun sinengkakaken ing ngaluhur

KISAH PARA RASUL 5.32–35 33

déning Gusti Allah piyambak, tuwinkaparingan pangwasa, kadadosakenPanuntun sarta Juru Wilujeng, supadosbangsa Israèl angsal wewenganmratobat saha angsal pangapunteningdosa.32Tumrap prekawis menika sedaya,kula sami dados seksinipun; inggihkula sarta Sang Roh Suci, ingkangkaparingaken dhateng sedaya tiyangingkang mbangun-turut dhatengPanjenenganipun."33Bareng para warganing PradataAgama krungu wangsulan mengkonomau, nuli padha nepsu banget; lansaking nepsuné nganti para rasul arepdipatèni.34Nanging ana sawijining wong Farisi,jenengé Gamalièl, ahli Torèt, sing kajènbanget ana ing masarakat. Gamalièlmau nuli ngadeg lan njaluk supaya pararasul padha didhawuhi metu sedhéla.35Gamalièl banjur kandha: "Parasedhèrèk Israèl. Kula aturi ngatos-atos tumrap menapa ingkang badhépanjenengan tindakaken dhatengtiyang-tiyang menika.

KISAH PARA RASUL 5.36–39 3436Margi kala rumiyin inggih sampunnaté jumedhul tiyang nama Téudhas,ingkang ngaken, bilih piyambakipuntiyang pinunjul lan gadhah penganutwetawis tiyang kawan atusan.Piyambakipun lajeng dipun pejahi, lanpara penganutipun sedaya sami buyar,temahan gerakanipun Téudhas wausirep.37Sesampunipun menika lajengjumedhul Yudas saking tanah Galiléa;nalika semanten ngleresi wontencacah jiwa. Kathah tiyang ingkangtumut dhateng pembrontakanipun.Piyambakipun ugi dipun pejahi lansedaya penganutipun buyar.38Mekaten ugi samenika, tumrapprekawis menika, kula mrayogèkaken,supados panjenengan sampun ngantosnindakaken menapa-menapa dhatengtiyang-tiyang menika. Sampun dipunganggu, sebab menawi ada-ada tuwinpendamelipun tiyang-tiyang menikaasalipun saking manungsa, temtu badhésirep piyambak.39Nanging menawi asalipun sakingGusti Allah, panjenengan temtu mbotensaged ngawonaken tiyang-tiyang

KISAH PARA RASUL 5.40–6.1 35

menika. Sampun ngantos mangképanjenengan piyambak kepanggihipunmalah nglawan dhateng Gusti Allah."Pradata Agama mau nurut marangpamrayogané Gamalièl.40Para rasul nuli ditimbali mlebumenèh. Sawisé dipecuti, nuli diwanti-wanti ora kena memulang atas AsmanéGusti Yésus. Sawisé mengkono pararasul nuli diluwari.41Mulané padha ninggal parepatanéPradata Agama klawan bungahing ati,déné Gusti Allah nganggep dhèwèképantes nandhang wirang kagem AsmanéGusti Yésus.42Para rasul mau saben dina ajegpadha nerusaké enggoné memulanglan ngabaraké Injil ana ing PedalemanéAllah, lan ana ing omah-omah, sartamratélakaké yèn Gusti Yésus kuwi SangMèsias.

61Ora let suwé, bareng cacahé paramuridé Gusti Yésus terus mundhak-

mundhak, nuli ana padudon ing antaranéwong-wong Yahudi sing basané Yunani,karo wong Yahudi sing basané Ibrani.Sing dadi jalarané padudon yakuwi babpangeduming dhuwit sedina-dinané

KISAH PARA RASUL 6.2–5 36

marang para randha. Wong-wongYahudi sing basané Yunani kandha yènrandha-randhané padha kapiran, mergaora nampa panduman ing samesthiné.2Mulané para murid kabèh nulidikumpulaké déning para rasul rolas.Nuli padha dipangandikani: "Orasamesthiné menawa kita padhanglirwakaké timbalan kita memulangbab pangandikané Gusti Allah mergangurusi dhuwit.3Mulané para sedulur, padha milihaing antaramu wong pitu, sing kalokwong becik, kapenuhan ing Roh Suci,sarta wicaksana. Wong-wong kuwi bakalpadha daktugasaké ngurusi prekarapangeduming dhuwit mau.4Déné kita para rasul arep migunakakéwektu kanggo ndedonga lan martakaképangandikané Gusti Allah."5Wong sapasamuwan kabèh padharujuk karo usulé para rasul mau; mulanénuli milih Stéfanus, wong sing gedhéprecayané lan kapenuhan déning RohSuci. Nuli uga milih: Filipus, Prokhorus,Nikanor, Timon, Parménas lan Nikolaus,tilas wong kapir saka Antiokia, singmlebu agama Yahudi.

KISAH PARA RASUL 6.6–10 376Pasamuwan nuli ngajokaké wong pitumau ana ing ngarsané para rasul. Pararasul nuli ndongakaké wong-wong mausarta padha ditumpangi tangan.7Kaya mengkono pangandikané GustiAllah tetep saya sumebar, lan cacahépara murid ing Yérusalèm saya mundhakakèh. Uga akèh imam-imam sing padhaprecaya.8Stéfanus kuwi wong sing kalubèranberkahing Pangéran lan diparingipangwasa nindakaké mujijat-mujijatlan kaélokan-kaélokan ing satengahémasarakat.9Nanging ana wong sawetara sakaing tengahé masarakat Yahudi singnglawan marang Stéfanus, yakuwipara wargané sinagogé (sinagogé:pasamuwané wong sing nganut agamaYahudi) aliran Libèrtini. Para warganépasamuwan Yahudi Libèrtini kuwiasalé saka ing kutha Kiréné lan kuthaAlèksandria. Wong-wong Libèrtini maubebarengan karo wong Yahudi sawetarasaka Kilikia lan Asia padha bebantahankaro Stéfanus.10Nanging Stéfanus kaparingankawicaksanan akèh déning Roh Suci,

KISAH PARA RASUL 6.11–15 38

nganti wong-wong mau padha ora bisandhébat apa sing dikandhakaké.11Mulané wong-wong mau nuli mbeseliwong sawetara, dikon muni mengkéné:"Kula sami mireng tiyang menikanyenyamah dhateng Nabi Musa landhateng Gusti Allah!"12Srana patrap mengkono wong-wongmau padha gawé gègèré masarakat,semono uga pinituwa lan para ulama.Stéfanus nuli dikroyok lan dicekel,diladèkaké marang Pradataning Agama.13Ana wong sawetara sing diajokakédadi seksi palsu, sing padha matur:"Tiyang menika wongsal-wangsulnyenyamah dhateng PedalemanipunAllah lan dhateng Torètipun Nabi Musa.14Kula sami mireng tiyangmenika sanjang, bilih Yésus sakingNasarèt menika badhé ngrebahakenPedalemanipun Allah menika, sartabadhé nyantuni sedaya adat tata-cara,ingkang sami kita tampi saking NabiMusa!"15Wong kabèh sing padha dadiwarganing Pradata Agama padhangawasaké Stéfanus lan padha weruh

KISAH PARA RASUL 7.1–5 39

praupané Stéfanus katon kaya pasuryanémalaékat.

71 Imam Agung nuli takon marangStéfanus: "Apa bener mengkono?"

2Wangsulané Stéfanus: "Para sedhèrèklan para bapak sedaya! Kula aturimirengaken atur kula! Gusti Allahingkang Mahamulya, sampun ngetingaldhateng leluhur kita Abraham,nalika taksih manggèn wonten ingtanah Mésopotamia, inggih menikasadèrèngipun Rama Abraham waupindhah dhateng kitha Haran.3Gusti Allah ngandika dhateng RamaAbraham: ‘Kowé lungaa, sedulur-sedulurmu lan tanahmu tinggalen,lungaa menyang tanah sing bakalDaktuduhaké marang kowé.’4Rama Abraham nunten nilar tanahKasdim lan manggèn wonten ing kithaHaran. Sasédanipun ingkang rama,Rama Abraham nunten kadhawuhandéning Gusti Allah pindhah sakingngriku dhateng tanah ngriki, ingkangpanjenengan enggèni menika.5Nalika semanten Rama Abrahammboten kaparingan siti déning GustiAllah, sapecak kémawon mboten.

KISAH PARA RASUL 7.6–9 40

Nanging Gusti Allah paring prejanji,bilih tanah menika badhé kaparingakendhateng Rama Abraham, dadosgadhahanipun turun-tumurun, senajannalika kaparingan prejanji menika RamaAbraham dèrèng kagungan putra.6Éwasemanten Gusti Allah ngandikadhateng Rama Abraham mekaten:‘Turunmu bakal padha manggon ana ingnegara manca lan dadi batur-tukon, singdisiya-siya lawasé patang atus taun.7Nanging Aku bakal ngukum bangsasing dikawulani mau klawan adil. Sawisékuwi turunmu bakal padha metu sakanegara mau lan bakal padha ngabektimarang Aku ana ing tanah kéné iki.’8Gusti Allah nunten maringakendhateng Rama Abraham prenatan tetak,dados pratandhaning prejanjian. MilaRama Abraham netaki putranipun, Iskak,seminggu sasampunipun lair. Rama Iskaknetaki Yakub, putranipun, mekaten ugiRama Yakub netaki putranipun, inggihmenika para leluhur kita kalihwelas.9Krana mèri, para leluhur kita saminyadé Yusuf dhateng negari Mesir,kadadosaken réncang tumbasan.

KISAH PARA RASUL 7.10–13 41

Nanging Gusti Allah nganthi dhatengYusuf,10 lan ngluwari piyambakipun sakingsakathahing rubéda ingkang dipun alami.Nalika Yusuf marek ing ngarsanipunSang Prabu Pringon, ratu ing negariMesir, Gusti Allah maringi budi ingkangluhur saha kawicaksanan dhatengYusuf, ngantos ratu Mesir wau ngangkatYusuf kadadosaken gubernur ing negariMesir sedaya sarta balé griyaningkedhatonipun Sang Prabu Pringonpiyambak.11Nalika semanten lajeng wontenpailan ingkang ndhatengaken kasisahanageng ing negari Mesir lan tanah Kenaansedaya. Para leluhur kita mboten samisaged angsal tedha.12Mila sareng rama Yakub mireng,bilih ing negari Mesir wonten gandum,panjenenganipun nunten ngutus paraputranipun, inggih menika leluhur kitanuwèni mrika. Menika késahipun ingkangkapisan.13Nalika késah dhateng negari Mesiringkang kaping kalihipun Yusuf walèhdhateng para sedhèrèkipun. Srana

KISAH PARA RASUL 7.14–18 42

mekaten Sang Prabu Pringon lajengpirsa sedhèrèk-sedhèrèkipun Yusuf.14Yusuf lajeng ngaturi Yakub,ramanipun, pindhah kaliyan sedayabrayatipun dhateng negari Mesir.Cacahipun tiyang ingkang sami dhatengMesir sedaya wonten pitung dasagangsal.15Rama Yakub nunten pindhahdhateng negari Mesir. Wonten ing ngrikupanjenenganipun séda, mekaten ugipara leluhur kita.16Layonipun para leluhur wausami kabekta dhateng kitha Sikèm,kasarèkaken wonten ing pesaréan,ingkang sampun dipun tumbas mawiarta slaka déning Rama Abraham sakingbangsa Hamor.17Sareng sampun mèh dumugiwekdalipun Gusti Allah anggènipunnetepi prejanjinipun dhateng RamaAbraham, cacahipun tiyang Israèlingkang wonten ing negari Mesir sampunmindhak dados kathah.18Wusana wonten ratu sanès ingkangngerèh negari Mesir, ingkang mbotenngertos dhateng Yusuf.

KISAH PARA RASUL 7.19–24 4319Ratu wau tumindak mboten jujur lansiya-siya dhateng para leluhur kita. Paraleluhur dipun peksa mbucal bayi-bayi,ingkang nembé lair dhateng sanjawininggriya, supados sami pejah.20 Inggih kala semanten menika NabiMusa lair. Rupinipun bagus. Tigangwulan laminipun Musa dipun rimati inggriyaning tiyang sepuhipun,21 sasampunipun menika piyambakipunlajeng dipun bucal, wusana lajeng dipunkukup déning putra putrinipun ratuing Mesir, karengkuh kados putranipunpiyambak.22Musa nunten dipun gulawenthahsaha dipun wucal ing bab sedayakesagedanipun tiyang Mesir.Panjenenganipun dados tiyangingkang ageng kawibawanipun, dadosatumraping tembung, dadosa tumrapingtumindakipun.23Sareng Musa umur kawan dasataun kepéngin nuwèni para kadangipun,tiyang Israèl.24 Ing ngriku Musa sumerep wontentiyang Israèl dipun aniaya déningtiyang Mesir. Musa mbélani tiyang Israèl

KISAH PARA RASUL 7.25–30 44

wau, lan tiyangipun Mesir dipun wales,ngantos pejah.25Pangintenipun, para kadangipun,tiyang Israèl, mangertos bilih Gusti Allahbadhé ngagem Musa ngluwari bangsaIsraèl. Nanging nyatanipun, bangsaIsraèl mboten sami mangertos.26Énjingipun Musa dhateng malih, lansumerep wonten tiyang Israèl kalih samigelut piyambak, lan Musa mbudidayabadhé ngrukunaken. Musa wicanten:‘Padha ngrungokna! Kowé rak padhasedulur. Yagéné kowé padha gelut?’27Nanging tiyang ingkang nganiayatiyang setunggalipun mabeni Musakaliyan mungel: ‘Sinten ingkangngangkat panjenengan dados jeksa kulasedaya?28Menapa panjenengan inggih badhémejahi kula kados enggèn panjenenganmejahi tiyang Mesir kala wingi menika?’29Sareng mireng tembung mekatenmenika Musa lajeng késah saking tanahMesir, ngungsi dhateng tanah Midian,wonten ing ngriku Musa gadhah anakkalih.30Sasampunipun kawan dasa taunwonten ing tanah Midian, wonten

KISAH PARA RASUL 7.31–35 45

malaékat ngetingal dhateng Musawonten ing urubing latu ing grumbulan,ing ara-ara samun, ing paredèn Sinai.31Musa gumun sumerep tetingalanwau, lajeng nyelaki. Nanging lajengkepireng pangandikanipun Gusti Allah,mekaten:32 ‘Aku iki Allahé para leluhurmu, AllahéAbraham, Iskak lan Yakub.’ Sakingajrihipun Musa ngantos gumeter lanmboten wantun ndengèngèk.33Pangéran nunten ngandika malih:‘Sandhalmu copoten, awit panggonansing kokidak kuwi bumi sing suci.34Aku wis pirsa lan wis nguninganiaboting kasangsarané umat-Ku, singana ing tanah Mesir, sarta wis mirengpasambaté. Aku rawuh arep ngluwariumat mau. Saiki mrénéa, Aku bakalngutus kowé menyang tanah Mesir.’35 Inggih Musa menika ingkang dipuntampik déning umat Israèl srana mungel:‘Sinten ingkang ngangkat panjenengandados jeksa tumrap kula sedaya?’ InggihMusa menika ingkang dipun utus déningGusti Allah dados pengageng sartajuru-pangluwar, lumantar malaékat,

KISAH PARA RASUL 7.36–39 46

ingkang ngetingal dhateng piyambakipuning grumbulan ingkang murub.36Musa menika ingkang nuntun bangsaIsraèl medal saking tanah Mesir, kanthidamel mujijat lan kaélokan wonten ingtanah Mesir lan wonten ing SegantenTeberau, tuwin wonten ing ara-arasamun, ngantos kawan dasa taunlaminipun.37 Inggih Nabi Musa menika ingkangngandika dhateng bangsa Israèl: ‘GustiAllah bakal ngutus nabi kaya aku iki sakaantarané para sedulurmu kanggo kowékabèh.’38 Inggih Nabi Musa menika ingkangsareng kaliyan umat Israèl nalikanglempak wonten ing ara-ara samun.Piyambakipun wonten ing ngrikusesarengan kaliyan para leluhur kitalan kaliyan malaékat, ingkang ngandikadhateng piyambakipun wonten ingGunung Sinai. Nabi Musa menikaingkang nampèni pangandika ingkangasipat gesang saking Gusti Allah,supados dipun terusaken dhateng kita.39Nanging leluhur kita mbotensami purun mbangun-turut dhatengpiyambakipun. Tiyang-tiyang wau sami

KISAH PARA RASUL 7.40–43 47

nampik Nabi Musa, sarta kepéngin samiwangsul dhateng tanah Mesir.40Tiyang-tiyang wau sami wicantendhateng Imam Harun: ‘Kula mbokpanjenengan damelaken pepethaningAllah sawetawis, ingkang badhémlampah ing sangajeng kita. Awit kulasami mboten sumerep kadospundikedadosanipun Musa, tiyang ingkangngirid kita medal saking tanah Mesir!’41Tiyang-tiyang wau lajeng sami damelbrahala, arupi pedhèt, lajeng sami caoskurban dhateng brahala wau; nuntensami ngawontenaken pésta kanggéngurmati yasané tanganipun piyambak.42Gusti Allah nunten mengkerakentiyang-tiyang wau, srana dipun umbarenggènipun sami manembah dhatenglintang-lintang ing langit. Kados ingkangsinerat wonten ing Kitabipun para nabi,mekaten ungelipun: ‘Hèh wong Israèl!Apa enggonmu padha nyembelèh lanngurbanaké kéwan-kéwan, sajroné kowéana ing ara-ara samun, patang puluhtaun lawasé kuwi kanggo Aku?43Ora! Nanging tarubé Molokh lanlintangé Déwa Réfan sing padha kokarak;kuwi brahala rupa-rupa sing kokgawé

KISAH PARA RASUL 7.44–46 48

lan koksembah. Merga saka kuwi kowébakal Dakbuwang menyang ing sisihkananing negara Babil.’44Para leluhur kita sami gadhah tarubéprejanjian (ingkang mretandhani, bilihGusti Allah wonten ing tengah-tengahéumatipun) wonten ing ara-ara samun.Tarub prejanjian menika dipun damelmiturut dhawuhipun Gusti Allah dhatengMusa, nulad tuladha, ingkang dipuntedahaken déning Gusti Allah dhatengNabi Musa.45Para leluhur ingkang nampèni tarubmenika saking para tiyang sepuhipun.Tarub wau dipun bekta nalika paraleluhur sami kairid déning Yosuangenggèni tanah menika. Tanah ingkangkarebat saking bangsa-bangsa, ingkangdipun tundhung déning Gusti Allahsaking sangajengipun para leluhur kita.Tarub wau kasimpen, ngantos dumugijamanipun Sang Prabu Dawud.46Sang Prabu Dawud angsal sihipunGusti Allah, lan nyuwun dhatengGusti Allah supados dipun parengakenyasa Pedalemanipun Gusti Allahsesembahanipun Yakub.

KISAH PARA RASUL 7.47–52 4947Nanging èstunipun ingkang yasaPedalemanipun Gusti Allah wau SangPrabu Suléman.48Éwadéné Gusti Allah ingkangmahaluhur, mboten dedalem wontening griya damelanipun manungsa,kados ingkang dipun serat wonten ingKitabipun para nabi mekaten:49 ‘Langit kuwi dhampar-Ku, lan bumiiki ancik-anciking pada-Ku. Omah kayaapa sing arep kokgawé kanggo Aku? Anaing ngendi panggonan-Ku ngaso?50Apa ora Aku dhéwé sing nitahakésamubarang iki kabèh?’ Mengkonopangandikané Gusti Allah.51Wangkot temen manah panjenenganmenika! Panjenengan menika kadostiyang kapir, ingkang mboten tepangkaliyan Gusti Allah. Panjenengan mbotenbéda kaliyan leluhur panjenengan,ingkang tansah nglawan dhateng RohSuci!52Menapa wonten nabi ingkang mbotendipun aniaya déning para leluhurpanjenengan? Para utusanipun GustiAllah jaman rumiyin, ingkang samimartosaken bab badhé rawuhipunAbdinipun Pangéran, sami panjenengan

KISAH PARA RASUL 7.53–58 50

pejahi. Lan samenika AbdinipunPangéran sampun panjenengan tampiklan panjenengan sédani.53 Inggih panjenengan ingkang sampunnampik Torèt, ingkang kaparingakenlumantar para malaékat; éwasemantenTorèt wau mboten sami panjenengantetepi."54Bareng para warganing Pradatakrungu tembungé Stéfanus mau kabèh,atiné panas banget lan padha nggegetuntu saking enggoné gregeten.55Nanging Stéfanus, kapenuhan ingRoh Suci, tumenga ing langit lan weruhkaluhurané Gusti Allah, sarta Gusti Yésusjumeneng ana ing tengené Gusti Allah.56 "Delengen! Aku weruh swarga mengalan Putraning Manungsa jumenenging tengené Gusti Allah!," pangucapéStéfanus.57Krungu tembung mengkono maupara wargané Pradata Agama padhabengok-bengok karo nutupi kupingé.Para wargané Pradata Agama maubanjur padha bebarengan ngroyokStéfanus.58Dilarak menyang sanjabané kutha,nuli dibenturi watu. Para seksi padha

KISAH PARA RASUL 7.59–8.3 51

cucul lan nyèlèhaké jubahé mau ingngarepé nonoman sing jeneng Saulus.59Sajroné wong-wong mau isih terusmbenturi watu, Stéfanus ndedonga,panguwuhé: "Dhuh Gusti Yésus! Mugikersa nampèni roh kawula!"60Stéfanus nuli jèngkèng, sarta nguwuhklawan sora: "Dhuh Gusti, mugi sampunnempahaken kalepataning tiyang menikadhateng piyambakipun!" Sawisé ngucapmengkono, Stéfanus nuli mati.

81Saulus dhéwé rujuk menawaStéfanus dipatèni. Wiwit dina kuwi

pasamuwan ing kutha Yérusalèmdikuya-kuya tanpa nganggo welas.Kejaba para rasul, kabèh wong precayapadha buyar, pating slebar ana ing tanahYudéa lan tanah Samaria.2Ana wong mursid sawetara, singngubur layoné Stéfanus; wong-wongmau banget enggoné padha nangisi.3Nanging Saulus ngudi supaya bisanyirnakaké pasamuwan; mulané sabenomah dileboni. Ngendi ana wongprecaya, lananga, wadona, kabèh padhadigèrèd metu lan dilebokaké ing kunjara.

KISAH PARA RASUL 8.4–10 524Kosokbaliné wong precaya sing padhapating slebar mau ana ing ngendi waéparané, tansah padha ngabaraké Injil.5Filipus lunga menyang kutha Samarialan wewarta marang wong-wong ingkono, yèn Gusti Yésus kuwi Sang Kristus.6Wong akèh padha ngrungokakétemenan marang piwulangé Filipus,lan uga weruh mujijat-mujijat singditindakaké.7Dhemit-dhemit sing padhaditundhungi saka ing wong-wongsing padha kesurupan, padha metu karojerit-jerit. Uga akèh wong lumpuh lanwong pincang padha diwarasaké,8 temahan ing kutha Samaria konowong-wong padha bungah banget.9 Ing kutha kono ana wong, jenengSimon. Wis wiwit biyèn Simon kuwi gawééramé wong akèh ing kutha Samariakono, srana ilmu sihir. Simon maungakuné wong sing pinunjul.10Mulané para warga kutha mau,ya sakèhing lapisaning masarakat,padha kèlu marang Simon mau.Uniné wong akèh mau: "Simon kuwiwujudé pangwasané Gusti Allah singMahaagung."

KISAH PARA RASUL 8.11–16 5311Wong kabèh padha manut marangtembungé Simon, awit wis suwé Simonmau enggoné gawé éramé wong akèh,merga saka ilmuné sihir.12Nanging bareng wong-wong maupadha precaya marang Injil, lanang lanwadon akèh kang padha dibaptis. Injilsing diwartakaké déning Filipus, yakuwibab Kratoné Gusti Allah sing dumadinélantaran Gusti Yésus Kristus.13Simon dhéwé uga precaya. Sawisédibaptis, Simon mau nuli ndhèrèkakétindaké Filipus. Simon gumun bangetweruh mujijat-mujijat sing ditindakakédéning Filipus.14Para rasul ing kutha Yérusalèm padhakrungu, yèn wong-wong Samaria padhanampani pangandikané Gusti Allah.Mulané para rasul mau banjur padhangutus Rasul Pétrus lan Rasul Yohanesmenyang kutha Samaria.15Bareng Rasul Pétrus lan RasulYohanes padha teka ing kono, nulipadha ndongakaké wong-wong sing wisdibaptis mau, supaya padha kaparinganRoh Suci.16Sebab wong-wong mau durung anasiji waé sing kapenuhan ing Roh Suci.

KISAH PARA RASUL 8.17–22 54

Wong-wong kuwi lagi padha dibaptis ingasmané Gusti Yésus.17Rasul Pétrus lan Rasul Yohanesnuli numpangaké tangané ing sirahéwong-wong mau, temahan padhakapenuhan ing Roh Suci.18Simon weruh wong-wong enggonépadha kapenuhan ing Roh Suci, mergarasul-rasul numpangaké tangané ingsirahé wong-wong mau. Mulané Simonnuli nawani dhuwit marang Rasul Pétruslan Rasul Yohanes,19karo matur: "Mbok kula panjenenganparingi pangwasa, supados saben tiyangingkang kula tumpangi tangan, nuntensami kapenuhan ing Roh Suci."20Nanging Rasul Pétrus mangsuli:"Kenaa laknat, kowé lan dhuwitmu,merga kowé ngira, yèn peparingé GustiAllah kuwi kena dituku nganggo dhuwit.21Kowé ora mèlu apa-apa ana ingpegawéan iki, merga atimu ora barèsana ing ngarsané Gusti Allah.22Mulané mratobata saka kelakuanmusing ala kuwi, lan nyuwuna pangapuramarang Gusti Allah tumrap pikiranmusing kesasar kuwi!

KISAH PARA RASUL 8.23–27 5523Merga aku ngerti yèn atimu isihkebak drengki lan kowé isih dikwasanidéning dosa."24Simon banjur matur marang RasulPétrus lan Rasul Yohanes: "Mugipanjenengan kersa nyuwunaken kuladhateng Pangéran, supados kulamboten kadhawahan paukuman ingkangpanjenengan ngandikakaken menika."25Sawisé maringi paseksi lan ngabarakéInjil ana ing kono, Rasul Pétrus lanRasul Yohanes nuli padha bali menyangkutha Yérusalèm. Ing sedalan-dalanrasul-rasul mau padha ngabaraké Injiling désa-désa, ing tanah Samaria kono.26Ana Malaékating Pangéran ngandikamarang Filipus: "Kowé tata-tataa lanlungaa mengidul, menyang dhun-dhunan dalan sing saka kutha Yérusalèmmenyang kutha Gaza." (Dalan mau dalanmati.)27Filipus tata-tata nuli mangkat. Nalikasemana ana wong Étiopia, punggawakraton duwé tanggung jawab jagakeputrèn, lan ngurus bandhané sangPutri Kandhaké, ing Negara Étiopia.Priyagung mau lagi waé bali saka

KISAH PARA RASUL 8.28–33 56

nindakaké pangibadah ing kuthaYérusalèm.28Nalika semana lagi numpak krétakaro maca kitabé Nabi Yésaya.29Filipus nuli kadhawuhan déning RohSuci: "Kowé nyedhakana kréta kuwi."30Filipus banjur énggal-énggal nyedhakikréta mau lan krungu priyagung maulagi maca kitab Nabi Yésaya. Filipusbanjur takon marang wong mau:"Panjenengan menapa mangertosingkang panjenengan waos menika?"31Wangsulané priyagung mau:"Kadospundi enggèn kula sagedmangertos, menawi mboten wontentiyang ingkang nerangaken dhatengkula?" Priyagung mau nuli akon Filipusmunggah ing kréta lan lungguh ingsandhingé.32Ana déné ayat sing diwaca déningpriyagung mau surasané mengkéné:"Panjenengané kaya wedhus sing arepdisembelèh; lan kaya cempé bisu singora nyuwara ana ing ngarepé wong singngguntingi wuluné; kaya mengkonoenggoné Panjenengané ora kumecap.33Panjenengané diasoraké, sartaora ana kaadilan kapatrapaké kagem

KISAH PARA RASUL 8.34–38 57

Panjenengané. Nyawané dipundhut sakaing bumi, mulané ora ana wong singbakal nyritakaké asal-usulé."34Priyagung mau nuli takon marangFilipus: "Kula nyuwun pirsa, sinteningkang dipun ngandikakaken déningnabi menika? Menapa piyambakipunpiyambak, menapa tiyang sanès?"35Miwiti saka ayat kuwi, Filipus nulinyritakaké Injilé Gusti Yésus.36Sajroné padha nerusaké lakuné maunuli padha tekan ing panggonan sing anabanyuné. Priyagung mau nuli kandha:"Kula aturi mirsani, ing ngriku wontentoya. Menapa wonten alanganipunmenawi kula dipun baptis?"37 [Wangsulané Filipus: "Menawipanjenengan pitados kalayan trusingmanah, saged kémawon panjenengandipun baptis." Priyagung mau nulimangsuli: "Kula pitados bilih Gusti Yésusmenika Sang Kristus, Putranipun Allah."]38Priyagung mau nuli dhawuhngendhegaké krétané. Wong loro mau,Filipus lan priyagung, nuli padha mudhunana ing banyu. Filipus banjur mbaptispriyagung mau.

KISAH PARA RASUL 8.39–9.4 5839Sawisé mentas, Filipus kapundhutdéning Sang Roh Suci. Priyagungmau wis ora weruh Filipus menèh.Panjenengané nuli nerusaké lakunéklawan bungah.40Weruh-weruh Filipus wis tekan kuthaAsdod, banjur ndlajahi kutha-kutha ingkono, sarta ngabaraké Injilé Gusti Yésus,nganti tekan ing kutha Kaisaréa.

91Saulus isih tetep ngancam arepmatèni para muridé Gusti Yésus,

mulané sowan Imam Agung,2nyuwun layang kwasa sing arepdituduhaké marang sinagogé-sinagogé(pasamuwané wong Yahudi) ing kuthaDamsyik, supaya yèn ana kana ketemuwong-wong sing ngambah ‘Dalané GustiYésus’ (tegesé Injil), Saulus bisa nyekelwong-wong mau, lanang apa wadon, lannggawa menyang kutha Yérusalèm.3Sajroné mlaku menyang kuthaDamsyik mau, ora adoh saka kuthakono, dumadakan ana cahya cumlorotsaka ing langit nlorong Saulus.4Saulus tiba, banjur krungu swaramengkéné: "Saulus, Saulus! Yagénékowé nganiaya marang Aku?"

KISAH PARA RASUL 9.5–11 595Saulus pitakon: "Panjenengan menikasinten Gusti?" Swara mau mangsuli:"Aku iki Yésus sing kokaniaya.6Ngadega lan mlebua ing kutha, anaing kono kowé bakal dikandhani apa singkudu koklakoni."7Kanca-kancané mlaku Saulus padhamandheg, blangkemen. Awit wong-wongmau pancèn padha krungu swara,nanging ora weruh apa-apa.8Saulus nuli ngadeg, nanging barengngelèkaké mripaté, ora weruh. Saulusnuli dituntun mlebu ing kutha Damsyik.9Nganti telung dina lawasé Saulus orabisa ndeleng, sarta ora mangan lanngombé.10 Ing kutha Damsyik ana muridéGusti Yésus, jenengé Ananias. Ananiasmau didhawuhi déning Gusti Yésusing sajroné impèn. Dhawuhé GustiYésus: "Ananias!" Wangsulané Ananias:"Kawula Gusti."11Gusti Yésus nuli ngandika: "Tata-tataa lan lungaa menyang dalan, singaran ‘Dalan Lenceng’. Njujuga omahéYudas. Ing kono ana wong saka kuthaTarsus, jenengé Saulus. Wong kuwi lagindedonga,

KISAH PARA RASUL 9.12–17 6012 lan sajroné pangimpèn Saulus mauweruh wong aran Ananias teka numpangitangan, supaya bisa ndeleng menèh."13Nanging Ananias mangsuli: "Kathahtiyang ingkang nyariyosaken dhatengkawula bab tiyang ingkang asma Saulusmenika, tumindakipun ambek siyadhateng umat Panjenengan ing kithaYérusalèm.14Malah dhatengipun ing kitha Damsyikngriki, mawi mbekta serat kwaos sakingpara pengajenging imam, supadosnyepengi sedaya tiyang ingkang nyebutdhateng Asma Panjenengan."15Nanging Gusti Yésus ngandikamarang Ananias: "Mangkata, awit Akuwis milih Saulus kuwi dadi piranti-Kukanggo martakaké jeneng-Ku marangbangsa-bangsa kapir lan para raja, lanbangsa Israèl.16Aku dhéwé bakal nuduhaké marangSaulus mau, sepira akèhé kasangsaransing bakal disandhang merga sakajeneng-Ku."17Ananias nuli mangkat lan mlebuomah sing dipondhoki Saulus. Saulusnuli ditumpangi tangan, karo muni:"Saulus sedulurku. Gusti Yésus sing wis

KISAH PARA RASUL 9.18–21 61

ngetingal marang kowé ana ing dalannalika kowé mréné, Panjenengané kuwingutus aku marani kowé, supaya kowébisa ndeleng menèh, sarta kapenuhaning Roh Suci."18Sanalika iku uga banjur ana kayasisik iwak tiba saka ing mripaté Saulus,lan banjur bisa ndeleng menèh. Saulusnuli ngadeg sarta dibaptis.19 (9-19a) Sawisé mangan, kekuwatanépulih. (9-19b) Ana ing kutha Damsyikkono Saulus manggon ana ingsatengahing para muridé Gusti Yésussawetara dina.20Sawisé kuwi Saulus nuli memulangana ing sinagogé-sinagogé, martakakéyèn Yésus Putrané Gusti Allah.21Wong kabèh sing padha ngrungokaképiwulangé padha gumun. Wong-wongmau padha takon-tinakon: "Apa ikidudu Saulus, sing matèni sakèhingwong sing padha nyebut Asmané GustiYésus ana ing kutha Yérusalèm kaé?Lan tekané mréné iki apa ora arepnyekel para muridé Gusti Yésus lannggawa wong-wong mau marang parapengareping imam?"

KISAH PARA RASUL 9.22–27 6222Nanging piwulangé Saulus sayagedhé pengaruhé, semono uga bukti-bukti sing dibèbèraké, yèn Gusti Yésuskuwi nyata Sang Kristus, ngyakinakébanget, nganti wong Yahudi sing ana ingkono padha ora bisa mbantah menèh.23Bareng wis sawetara dina, wongYahudi banjur padha ngumpul ngrembugenggoné arep matèni Saulus;24 lan rancangané wong-wong mauSaulus dhéwé ngerti. Rina wengi wongYahudi padha njaga gapura-gapuraningkutha, supaya bisa matèni Saulus.25Nanging ing sawijining bengi paramuridé padha ngedhunaké Saulus metujendhéla ing témboké kutha, nganggokranjang.26Saulus banjur lunga menyang kuthaYérusalèm, arep ngumpul karo paramurid-muridé Gusti Yésus sing anaing kono. Nanging murid-murid maupadha ora ngandel yèn Saulus kuwiwis dadi muridé Gusti Yésus temenan.Murid-murid mau padha wedi.27Nanging Barnabas gelem nampani;mulané Saulus nuli diteraké nemoni pararasul. Para rasul padha dicritani, yènSaulus kuwi wis diketingali déning Gusti

KISAH PARA RASUL 9.28–32 63

Yésus ana ing dalan, lan Gusti Yésus wisngandika marang Saulus. Barnabas mauuga nyritakaké yèn Saulus ing kuthaDamsyik wis ngabaraké Injil klawankendel atas Asmané Gusti Yésus.28Saulus banjur manggon bebarengankaro para rasul ana ing kutha Yérusalèmsarta kanthi kendel memulang atasAsmané Gusti Yésus.29Saulus uga rembugan lan bebantahankaro wong Yahudi sing basané Yunani.Nanging wong-wong mau padha ngaraharep matèni.30Bareng kaweruhan déning parasedulur sing nunggal precaya, Saulusnuli digawa menyang kutha Kaisaréa, lansaka kono menyang kutha Tarsus.31Sawisé mengkono pasamuwan-pasamuwan ing tanah Yudéa kabèh, ingtanah Galiléa, tuwin ing tanah Samariangalami katentreman. Pasamuwan-pasamuwan mau padha dadi sentosa lancacahé saya wuwuh akèh, merga sakapitulungané Sang Roh Suci lan mergaenggoné padha ngabekti marang GustiAllah.32Nalika semana Rasul Pétrus tindakmider-mider. Ing sawijining dina

KISAH PARA RASUL 9.33–38 64

panjenengané tetuwi para wong precayasing ana ing kutha Lidha.33 Ing kutha Lidha kono Rasul Pétrusketemu karo wong sing jenengé Énéas.Énéas kuwi lumpuh, lan wis wolung taunana ing peturoné.34Énéas mau nuli dipangandikanidéning Rasul Pétrus: "Énéas, GustiYésus Kristus marasaké kowé, tangia lanpeturonmu tatanen!" Sanalika iku ugaÉnéas tangi.35Kabèh wong ing kutha Lidha lan ingkutha Saron, bareng ndeleng Énéas,banjur padha mratobat marang GustiYésus.36 Ing kutha Yopé kono ana muridéGusti Yésus, wong wadon, sing jenengéTabita (ing basa Yunani Dhorkas;‘Dhorkas’ tegesé ‘Kidang’). Dhorkas maunindakaké kabecikan akèh, lan senengdedana.37Nanging nalika semana Dhorkas maulara, malah tumeka ing pati. Sawisélayoné diedusi, nuli disèlèhaké ana ingkamar lotèng.38Kutha Yopé kuwi dunungé ora adohsaka kutha Lidha. Bareng para muridpadha krungu yèn Rasul Pétrus ana

KISAH PARA RASUL 9.39–41 65

ing kutha Lidha, nuli padha kongkonanwong loro didhawuhi nusul Rasul Pétrus,supaya matur: "Kula aturi énggal rawuhing kitha Yopé."39Rasul Pétrus tata-tata nuli mangkat,bareng karo kongkonan mau. Satekanéing omahé Dhorkas, Rasul Pétrusnuli digawa menyang kamar lotèng.Sakèhing randha-randha sing ana ingkono padha ngrubung layoné, karonangis lan nuduhaké marang RasulPétrus, sandhangan-sandhangan lanjubah-jubah gawéané Dhorkas kanggowong-wong mau, nalika isih urip.40Wong kabèh mau nuli dikon metudéning Rasul Pétrus. Rasul Pétrus nulijèngkèng ndedonga. Sawisé mengkonoRasul Pétrus nuli nyedhaki layonéDhorkas karo ngandika: "Tabita, tangia!"Dhorkas nuli melèk, bareng weruh RasulPétrus, Dhorkas nuli tangi.41Rasul Pétrus nyekel tangané, nulungiDhorkas enggoné ngadeg. Sawisé kuwiwong-wong precaya sarta randha-randhamau padha diklumpukaké. Rasul Pétrusnuli masrahaké Dhorkas sing saiki wisurip, marang wong-wong mau.

KISAH PARA RASUL 9.42–10.5 6642Kabar bab Dhorkas kuwi sumebarwrata ing kutha Yopé, lan akèh wongsing banjur precaya marang Gusti Yésus.43Rasul Pétrus nginep sawetara dinaana ing omahé tukang nyamak kulit,sing jenengé Simon.

101 Ing kutha Kaisaréa ana wong,jenengé Kornélius. Kornélius kuwi

pangkaté kaptèn ana ing angkatan daratRum, sing karan: ‘Pasukan Italia’.2Kornélius mau wong sing precayamarang Gusti Allah, dhèwèké dhéwé lanbrayaté kabèh padha ngabekti marangGusti Allah, mula ajeg olèhé ndedongaana ing ngarsané Gusti Allah, apa dénéakèh pitulungané marang wong Yahudising miskin.3 Ing sawijining dina kira-kira jam telusoré, Kornélius ana ing sajroné wahyu,diketingali déning malaékat. Malaékatmau ngandika: "Kornélius!"4Kornélius wedi banget ndelengmalaékat mau, nuli mangsuli: "KawulaGusti!" Malaékat nuli ngandika menèh:"Pandongamu lan dedanamu wis ditampibecik lan dièngeti déning Gusti Allah.5Saiki kowé akona wong sawetarasupaya lunga menyang kutha Yopé,

KISAH PARA RASUL 10.6–12 67

ngundang wong sing jenengé SimonPétrus.6Simon Pétrus mau nginep ana ingomahé tukang samak, sing jenengé ugaSimon. Omahé ana ing pinggir segara."7Salungané malaékat mau, Kornéliusnuli ngundang baturé loro lan prejuritsiji, wong precaya.8Kornélius nuli nyritakaké apa singmentas kelakon, banjur akon wong-wongmau padha mangkat menyang kuthaYopé.9Ésuké, wetara tengah dina, barenglakuné kongkonan mau wis mèh tekankutha Yopé, Rasul Pétrus munggah ingpayoning omah, arep ndedonga.10Rasul Pétrus krasa luwé lan kepénginmangan. Sajroné méjané lagi ditata,Rasul Pétrus olèh wahyu.11Sajroning wahyu mau katon langitékawiyak, lan ana kaya mori amba singponcoté papat ditalèni. Mori mau diulurmudhun saka langit menyang bumi.12 Ing njeroné mori mau ana kéwandharat rupa-rupa, ana kéwan sikilpapat, ana kéwan sing rumangkang, lanmanuk-manuk alasan.

KISAH PARA RASUL 10.13–19 6813Nuli ana swara sing dhawuh marangRasul Pétrus: "Pétrus, ngadega!Sembelèhen lan panganen!"14Nanging Rasul Pétrus matur: "MbotenGusti! Kawula dèrèng naté nedhatetedhan ingkang karam utawi najis!"15Nanging swara mau nuli ngandikamenèh marang Rasul Pétrus: "Kowéaja nganggep karam marang sing wisdikalalaké déning Gusti Allah."16Kedadéan kaya mengkono maunganti rambah kaping telu. Sawisé kuwimori mau diunggahaké menèh menyanglangit.17Rasul Pétrus mikir-mikir apa maknanéwahyu mau. Nalika iku wong-wong singdikongkon déning Kaptèn Kornélius,sawisé takon-takon endi omahé singdipondhoki Rasul Pétrus, wis tekanngareping régol.18Wong-wong mau padha takon:"Menapa ing ngriki wonten tamu,ingkang asmanipun Pétrus?"19Nalika Rasul Pétrus isih nggagapimaknané wahyu mau, banjurdingandikani déning Sang RohSuci: "Pétrus, ana wong telu nggolèkikowé.

KISAH PARA RASUL 10.20–23 6920Énggal mudhuna, lan aja mangu-mangu mangkat bebarengan karowong-wong kuwi, sebab Aku wis ngutuswong-wong mau mréné."21Rasul Pétrus nuli mudhun lan kandhamarang wong-wong mau: "Iya aku ikiwong sing kokgolèki. Ana prelumu apakowé padha mréné?"22Wong-wong mau nuli padha matur:"Dhateng kula mriki dipun kèngkèndéning Kaptèn Kornélius. Piyambakipunmenika tiyang saé, ingkang ngabektidhateng Gusti Allah lan kajèn ingantawisipun bangsa Yahudi sedaya.Kaptèn Kornélius menika dipun ketingalidéning malaékatipun Gusti Allah, ingkangdhawuh supados ngaturi panjenenganrawuh ing griyanipun, supados KaptènKornélius saged mireng menapa ingkangpanjenengan dhawuhaken."23 (10-23a) Wong-wong mau nulidikon nginep ana ing kono. (10-23b)Ésuké Rasul Pétrus, sawisé tata-tata,nuli mangkat bareng wong-wongkongkonané Kaptèn Kornélius. Anasawetara wong precaya saka kutha Yopé,sing uga padha mèlu.

KISAH PARA RASUL 10.24–29 7024Ésuké menèh Rasul Pétrus lanrombongané tekan ing kutha Kaisaréa.Kaptèn Kornélius wis ngentèni,mengkono uga sanak seduluré lankanca-kancané cedhak sing padhadiundang mrono.25Bareng Rasul Pétrus rawuh Kornéliusnuli methukaké lan sungkem ana ingngarepé Rasul Pétrus.26Nanging Rasul Pétrus akon Kornéliusngadeg, karo dikandhani: "Kula aturingadeg, awit kula menika tiyang limrahkémawon."27Sambi ngandikan karo Kornélius,Rasul Pétrus mlebu omah lan ketemukaro wong akèh sing padha ngumpul anaing kono.28Rasul Pétrus nuli ngandika marangwong-wong mau: "Panjenengan samimangertos, bilih tiyang Yahudi menikadipun awisi déning agaminipun tetuwiutawi sesrawungan kaliyan tiyang-tiyangsanès Yahudi. Nanging Gusti Allahsampun maringi pirsa dhateng kula, bilihmboten leres menawi kula nganggeptiyang najis utawi karam.29Awit saking menika, nalika kuladipun pethuk kapurih mriki, kula sagahi.

KISAH PARA RASUL 10.30–33 71

Samenika kula aturi ngandikakakenmenapa wigatosipun, déné kulapanjenengan timbali mriki?"30Kornélius banjur mangsuli: "Wetawistigang dinten kepengker, nalika kulangleresi ndedonga jam tiga siang,wonten ing griya kula, wonten malaékatrawuh, ngagem ageman gilap, jumenengwonten ing ngajeng kula.31Malaékat wau ngandika: ‘Kornélius!Gusti Allah wis miyarsakaké pandongamulan ngèngeti enggonmu seneng dedana.32Kongkonana wong menyang kuthaYopé, konen ngundang wong singjenengé Simon Pétrus. Pétrus maunginep ana ing omahé tukang samak,jenengé Simon, sing omahé ana ingpinggir segara.’33Menika sebabipun kula énggal-énggalngaturi panjenengan, lan saking saénépenggalih panjenengan, panjenengansampun kersa tindak mriki. Samenikakula sampun sami ngempal wontening ngriki, wonten ing ngarsanipunGusti Allah, kepéngin mirengakenmenapa kémawon ingkang sampunkadhawuhaken déning Gusti Allah

KISAH PARA RASUL 10.34–38 72

ingkang prelu panjenengan wedharakendhateng kula sedaya."34Rasul Pétrus nuli ngandikamengkéné: "Nembé samenika kulamangertos saèstu, bilih Gusti Allahmenika mboten mbédak-mbédakakentiyang.35Sinten ke’mawon ingkang pitadosdhateng Panjenenganipun, sartanindakaken ingkang leres, mbotenpreduli saking bangsa menapakémawon, tiyang wau mesthi katampi.36Panjenengan sami pirsa pawartos,ingkang kaparingaken déning Gusti Allahdhateng bangsa Israèl, inggih menikaInjil, inggih menika bab katentremanlantaran Gusti Yésus Kristus, Gustinipunmanungsa sedaya.37Panjenengan sami pirsa menapaingkang kedadosan ing satanah Yudéasedaya, wiwit saking tanah Galiléa,sasampunipun baptisan ingkang dipunwartosaken déning Nabi YohanesPembaptis.38Panjenengan temtunipun inggihsampun naté mireng bab Gusti Yésusingkang kaparingan Roh Suci sartapangwaos. Gusti Yésus wau lajeng

KISAH PARA RASUL 10.39–42 73

tindak mider-mider paring pitulungansarta nyarasaken tiyang-tiyang sedaya,ingkang dipun kwaosi déning Iblis, sebabGusti Allah nunggil kaliyan Gusti Yésus.39Kula sedaya menika seksi-seksinipuntumrap sedaya prekawis ingkang dipuntindakaken déning Gusti Yésus ingnegarinipun tiyang Yahudi lan ing kithaYérusalèm. Éwadéné Gusti Yésus dipunsalib lan dipun sédani déning tiyangYahudi.40Nanging ing tigang dintenipun GustiAllah mungokaken saking séda, sartangetingalaken Panjenenganipun.41Nanging mboten dhateng anggertiyang, namung kula sedaya, ingkangsampun kapilih déning Gusti Allah dadosseksi-seksinipun. Kula sami nedha lanngombé sesarengan kaliyan Gusti Yésus,sasampunipun Gusti Allah mungokakenGusti Yésus wau saking séda.42Gusti Yésus wau ndhawuhi kulasedaya, supados kula sami ngabarakenInjil dhateng sedaya manungsa lansuka paseksi, bilih Gusti Yésus menikaingkang dipun utus déning GustiAllah, dados Hakim ingkang ngadili

KISAH PARA RASUL 10.43–47 74

tiyang-tiyang ingkang taksih gesang lantiyang-tiyang ingkang sampun pejah.43Sedaya nabi damel paseksi sranangandika, bilih sok sintena ingkangpitados dhateng Gusti Yésus, dosa-dosanipun badhé dipun apunten awitsaking pangwaosipun."44Sajroné Rasul Pétrus isih ngandika,dumadakan wong kabèh sing padhangrungokaké piwulang mau padhakatedhakan lan kapenuhan ing Roh Suci.45Wong-wong precaya bangsa Yahudi,sing padha mèlu teka karo Rasul Pétrussaka kutha Yopé, padha ora uwis-uwisenggoné gumun, déné Gusti Allah wisngesokaké peparingé, yakuwi Sang RohSuci, uga marang wong-wong duduYahudi.46Wong-wong Yahudi padha krungu,yèn sing padha katedhakan Roh Sucikuwi padha caturan nganggo basa-basasing anèh, lan padha memuji kamulyanéGusti Allah. Rasul Pétrus nuli ngandika:47 "Delengen, wong-wong kuwi iyawis padha nampa Rohé Pangéran, orabéda karo kita. Apa ana wong sing bisangalang-alangi menawa wong-wong ikipadha dibaptis nganggo banyu?"

KISAH PARA RASUL 10.48–11.4 7548Rasul Pétrus nuli akon wong-wongsing padha katedhakan Roh Suci maudibaptis ing asmané Gusti Yésus. Sawisékuwi wong-wong mau padha nyuwunsupaya Rasul Pétrus kersa nginep anaing omahé wong-wong mau sawetaradina menèh.

111Para rasul lan para sedulur singpadha precaya marang Gusti

Yésus ing tanah Yudéa padha krunguyèn wong dudu Yahudi (sing nganutagama kapir) uga wis padha nampanipangandikané Gusti Allah.2Bareng rawuh ing kutha Yérusalèm,Rasul Pétrus digugat déning wong-wongprecaya sing padha duwé penemu, yènwong dudu Yahudi sing mlebu dadiwargané pasamuwané Gusti Yésuskudu ditetaki, wong-wong mau munimengkéné:3 "Kénging menapa panjenengankokmondhok ing griyanipun tiyang kapiringkang mboten tetak, malah dhaharsesarengan kaliyan tiyang-tiyang wau?"4Mulané Rasul Pétrus nuli mènèhilapuran jangkep prekara-prekara singwis kelakon kabèh, wiwit saka wiwitanmengkéné:

KISAH PARA RASUL 11.5–11 765 "Nalika kula saweg ndedonga wontening kitha Yopé, kula pikantuk wahyu,ketingalipun kados wonten mori wiyaringkang pojokipun sekawan katangsulan.Mori wau kaandhapaken saking langit,mandheg ing ngajeng kula.6Sareng kula tamataken kula sumereping nglebet mori wau wonten kéwan-kéwan suku sekawan, kéwan-kéwangalak lan kéwan-kéwan rumangkangsaha peksi-peksi wana.7Kula lajeng mireng swanten ingkangwicanten dhateng kula, mekaten: ‘Pétrusngadega, sembelèhen lan panganen!’8Nanging kula mangsuli: ‘Mboten,Gusti! Kula dèrèng naté nedha tetedhaningkang karam utawi najis.’9Swanten saking langit wau wicantenmalih: ‘Kowé aja nganggep karamsabarang sing wis dikalalaké déningGusti Allah.’10Prekawis menika kelampahanngantos kaping tiga. Sasampunipunmenika lawon saisinipun lajeng kaangkatmalih dhateng langit.11Kaleresan nalika semanten wontentiyang tiga dhateng ing griya ingkangkula sipengi. Tiyang-tiyang menika dipun

KISAH PARA RASUL 11.12–16 77

utus saking kitha Kaisaréa, manggihikula.12Sang Roh Suci ngandika dhatengkula, supados kula mboten mangu-mangu tumut kaliyan tiyang-tiyangwau dhateng kitha Kaisaréa. Wontensedhèrèk enem saking kitha Yopéingkang tumut kula dhateng kithaKaisaréa; nunten mlebet ing griyanipunKaptèn Kornélius.13Sadhateng kula ing ngriku, KaptènKornélius ugi lajeng nyariyosakendhateng kula sedaya, bilih piyambakipundipun ketingali déning malaékat wontening griyanipun, dhawuh dhateng KaptènKornélius mekaten: ‘Kongkona wongmenyang kutha Yopé, nemoni wong singjenengé Simon Pétrus.14Pétrus kuwi bakal nyritakaké marangkowé patrapé enggonmu sabrayat bakaldislametaké!’15Sareng kula wiwit wicanten,dumadakan Sang Roh Suci nedhakitiyang-tiyang menika, sami kaliyaningkang kita alami nalika wiwitan.16Kula lajeng kèngetan menapa ingkangsampun naté dipun ngandikakakendéning Gusti Yésus mekaten: ‘Yohanes

KISAH PARA RASUL 11.17–19 78

mbaptis nganggo banyu, nanging kowébakal dibaptis nganggo Roh Suci.’17Srana mekaten cetha, bilih GustiAllah piyambak sampun maringakendhateng tiyang-tiyang sanès Yahudi,peparing ingkang sami kaliyan ingkangkita tampi, nalika kita pitados dhatengGusti Yésus Kristus. Awit sinten ta kulamenika, kokwani ngalang-alangi GustiAllah?"18Bareng krungu critané Rasul Pétrussing mengkono mau, wong-wong orapadha nyalahaké Rasul Pétrus menèh,malah banjur padha memuji marangGusti Allah, karo muni: "Yèn mengkonoGusti Allah uga wis maringi wewenganmarang wong-wong liya bangsa, singpadha nganut agama kapir, supayapadha mratobat, temahan padha urip."19Wong-wong precaya padha buyar,merga saka panguya-uya, sawiséStéfanus dipatèni. Enggoné buyar maunganti ana sing tekan tanah Fénisia,tekan pulo Siprus, lan tekan kuthaAntiokia. Wong-wong precaya singpadha buyar kuwi ana ing panggonananyar mau padha ngabaraké Injil mungmarang wong-wong Yahudi.

KISAH PARA RASUL 11.20–24 7920Nanging ana sawetara wong precayaanyaran, sing satekané ing pulo Sipruslan kutha Kiréné, banjur lunga menyangkutha Antiokia. Ana ing kono wong-wongprecaya mau nuli ngabaraké Injil marangwong-wong bangsa liya, sing nganutagama kapir, yakuwi Injil bab GustiYésus.21Pangwasané Gusti Yésus nunggil karowong-wong precaya mau, lan akèh wongsing sawisé nampa pawarta nuli padhaprecaya lan mratobat marang GustiYésus.22Pasamuwan ing kutha Yérusalèm,bareng krungu kabar bab pasamuwaning kutha Antiokia mau, nuli ngutusBarnabas mrana.23Satekané ing kono, Barnabasweruh wong-wong precaya ing konopadha kaberkahan déning Gusti Allah.Barnabas bungah banget lan ngatagpara sedulur-sedulur sing precaya mau,supaya klawan mantep padha tetepasetya lan tulusa precayané marang GustiYésus.24Barnabas kuwi wong becik singkapenuhan ing Roh Suci lan precaya.

KISAH PARA RASUL 11.25–30 80

Akèh wong sing merga piwulangé nulipadha precaya marang Gusti Yésus.25Sawisé kuwi Barnabas nuli lungamenyang kutha Tarsus, nggolèki Saulus.26Bareng wis ketemu, Saulus nuli diajakmenyang kutha Antiokia. Barnabas lanSaulus ana ing pasamuwan kono mulangwong akèh nganti setaun lawasé. Yaana ing Antiokia kono para muridé GustiYésus wiwit disebut wong Kristen.27Nalika semana ana nabi sawetarasaka kutha Yérusalèm teka ing kuthaAntiokia.28 Ing antarané nabi-nabi mau anasing jenengé Agabus. Agabus maumerga kawangsit déning Sang Roh Sucimeca, yèn ing salumahing bumi bakalana pailan gedhé. (Pailan gedhé maukelakoné nalika Kaisar Klaudius ngastapepréntahan.)29Para murid mau nuli sarujukngirim sumbangan marang parasedulur nunggal precaya sing padhaana ing tanah Yudéa, saben wongmiturut kekuwatané lan lilané atinédhéwé-dhéwé.30Sawisé nindakaké mengkono,dhuwit-dhuwit sumbangan mau

KISAH PARA RASUL 12.1–5 81

dikirimaké marang para pinituwanépasamuwan ing kutha Yérusalèm,lantaran Barnabas lan Saul.

121Nalika semana Sang PrabuHérodès wiwit nganiaya para

warganing pasamuwan Kristen sawetara.2Atas dhawuhé Sang Prabu Hérodès,Rasul Yakobus seduluré Rasul Yohanes,katigas guluné.3Bareng pirsa, yèn tindaké mengkonokuwi gawé senengé atiné wong Yahudi,Sang Prabu Hérodès saya ndadra; mulabanjur dhawuh supaya Rasul Pétrus ugaditahan. (Kelakoné prekara mau nalikapinuju Riaya Pésta Roti Tanpa Ragi.)4Sawisé Rasul Pétrus dicekel, nulidilebokaké ing pakunjaran. Ing konoRasul Pétrus dipasrahaké kanthi dhawuhsupaya dijaga déning prejurit patangpantha, saben panthané wong papat;olèhé jaga giliran, sapantha-sapantha.Kersané Sang Prabu Hérodès, RasulPétrus arep diadili ana ing ngarepingumum, sawisé Riaya Paskah.5Dadi Rasul Pétrus dijaga ana ingpakunjaran, nanging pasamuwan olèhéndongakaké marang Gusti Allah orakendhat.

KISAH PARA RASUL 12.6–9 826Ngarepaké Rasul Pétrus diladèkakémarang pengadilané Sang PrabuHérodès, ing wengi kuwi Rasul Pétrussaré, kaapit déning prejurit loro; tanganédiranté kiwa-tengen karo prejurit singana ing kiwa lan tengené mau. Lawangépakunjaran dijaga déning prejurit.7Dumadakan ana Malaékating Pangéranjumeneng ana ing sèl panggonané RasulPétrus dikunjara mau. Cahyaningmalaékat mau madhangi sèl pakunjaran.Malaékat mau nuli nggugah Rasul Pétrus,karo ngandika: "Énggal tangia!" Sakalranténé padha ucul saka tangané RasulPétrus.8Malaékat mau ngandika menèh:"Sandhanganmu lan sepatumuenggonen!" Rasul Pétrus iya nulinindakaké apa sing didhawuhaké déningmalaékat. Malaékat banjur ngandikamenèh: "Jubahmu enggonen lan mèluaaku."9Pétrus ndhèrèkaké tindaké malaékatmau, metu saka pakunjaran. NangingPétrus ora ngerti, apa malaékat mauana temenan apa ora, sebab pangiranékabèh mau mung rerupan waé.

KISAH PARA RASUL 12.10–13 8310Bareng tindaké malaékat lan RasulPétrus mau wis ngliwati panggonanéwong jaga sing kapisan, banjur singkapindho, nuli tekan lawang wesi,panggonané metu menyang dalangedhé, sing nuju menyang kutha.Lawang wesi mau menga dhéwé,malaékat lan Rasul Pétrus nuli padhametu, mlaku liwat lurung; dumadakanmalaékat mau ngilang.11Rasul Pétrus lagi ngerti, apa singmentas dialami. Pangucapé: "Saikiaku ngerti, yèn Pangéran wis ngutusmalaékaté supaya ngluwari aku sakapangwasané Sang Prabu Hérodès, lansaka sakèhing prekara sing dirancangdéning wong Yahudi."12Bareng wis ngerti marang lelakonmau, Rasul Pétrus nuli lunga menyangomahé Maryam, ibuné Yohanes singuga karan Markus. Ing omah kono anawong akèh sing lagi padha ngumpul lanndedonga.13Pétrus thothok-thothok ing lawangrégol, nuli ana abdi wadon, sing jenengRodhé, teka arep niliki sapa wong singthothok-thothok mau.

KISAH PARA RASUL 12.14–17 8414Rodhé ora pangling karo swaranéRasul Pétrus, nanging saka bungahé,Rodhé mau ora ngengakaké lawangé,malah bali mlebu lan ngandhani wong-wong sing padha nglumpuk, yèn RasulPétrus ana ing régol.15Wong kabèh mau padha muni:"Kowé kuwi gendheng apa kepriyé?"Nanging Rodhé nggegegi yèn apasing dikandhakaké kuwi temenan.Wong-wong mau nuli muni: "O, bisa ugakuwi rohé Pétrus."16Nanging Rasul Pétrus terus waéenggoné thothok-thothok. Pungkasanéwong-wong mau padha ngengakakélawangé régol. Bareng weruh RasulPétrus, wong-wong mau padhakaéraman.17Rasul Pétrus nuli nyasmitani sranatangané, supaya wong kabèh padhameneng, sarta nyritakaké enggonéPangéran wis ngetokaké saka ingpakunjaran. Welingé Rasul Pétrus:"Padha ngandhanana Yakobus lansedulur-sedulur liyané." Rasul Pétrusnuli lunga saka kono menyang liyapanggonan.

KISAH PARA RASUL 12.18–21 8518Ésuké para prejurit sing jaga anaing pakunjaran padha gègèr, lan padhatakon-tinakon: "Pétrus ana ing ngendi?"19Sang Prabu Hérodès dhawuhnggolèki, nanging Rasul Pétrus oraketemu, sing padha jaga nuli dipriksalan dipatèni. Sawisé kuwi Sang PrabuHérodès tindak saka tanah Yudéa lannganti sawetara suwéné ana ing kuthaKaisaréa.20Sang Prabu Hérodès duka bangetmarang wong kutha Tirus lan kuthaSidon. Mulané wong-wong mau padhasaiyeg sowan bebarengan. Sing dhisikwong-wong mau padha ngrimuk Blastus,yakuwi punggawa kraton sing dhuwurpangkaté, supaya ngiloni marangwong-wong mau. Sawisé mengkono,padha sowan marang Sang PrabuHérodès, nyuwun kawelasan, awitpangané wong-wong ing kutha Tiruslan kutha Sidon mau gumantung sakapametuné wilayahé Sang Prabu Hérodès.21 Ing dina sing wis ditetepaké déningSang Prabu Hérodès, Sang Prabunuli ngagem ageman keprabon, sartalenggah ana ing dhampar, karo medharsabda.

KISAH PARA RASUL 12.22–13.2 8622Satengahé medhar sabda mau,wong-wong sing ana ing kono padhasurak-surak karo muni: "Sing ngandikakuwi allah, dudu manungsa."23Sanalika iku uga MalaékatingPangéran nggebag Sang Prabu Hérodès,awit saka enggoné ora ngurmati marangGusti Allah. Sang Prabu Hérodès nulidimangsa déning cacing, banjur séda.24Déné pangandikané Gusti Allahsangsaya sumebar lan tuwuhngrembaka.25Sawisé Barnabas lan Saulusngrampungaké kuwajibané, nuli padhabali saka kutha Yérusalèm, karo nggawaYohanes, sing karan Markus.

131 Ing pasamuwan Antiokia ananabi sawetara lan guru-guru,

yakuwi: Barnabas, Siméon, sing karanNiger, Lukius saka Kiréné, Manahènlan Saulus. Manahèn kuwi nalika cilikédiemong bareng karo Sang PrabuHérodès.2Lagi tengah-tengahé padha ndedongalan pasa, Sang Roh Suci ngandikamarang wong-wong mau: "Barnabas lanSaulus pisahen karo wong-wong kuwi,merga arep Dakutus nglakoni pegawéan,

KISAH PARA RASUL 13.3–7 87

sing wis Daktemtokaké kanggo wongloro kuwi."3Sarampungé padha pasa lanndedonga, wong loro mau nuli padhaditetepaké ing kalungguhané, sranaditumpangi tangan. Sawisé kuwi nulipadha dikon mangkat.4Barnabas lan Saulus, sing padhadiutus déning Sang Roh Suci, nulimangkat menyang kutha Séléukia. Sakakono padha nunggang prau menyangpulo Siprus.5Satekané ing kutha Salamis, wong-wong mau nuli padha ngabaraké Injil anaing sinagogé-sinagogé, yakuwi papanpangibadahé wong Yahudi. Yohanes singuga karan Markus, mbiyantu wong loromau sajroné padha nglakoni ayahané.6Wong-wong mau padha ndlajahi puloSiprus sakemputé, nganti tekan kuthaPafos. Ing kutha Pafos kono Barnabaslan Saulus ketemu karo wong Yahudi,tukang sihir, sing jenengé Bar Yésus.Wong kuwi ngakuné nabi.7Bar Yésus mau mitrané Sèrgius Paulusgubernur ing pulo kono. Panjenenganékuwi wong sing wicaksana. Gubernurmau nimbali Barnabas lan Saulus, awit

KISAH PARA RASUL 13.8–13 88

kepéngin krungu bab pangandikanéGusti Allah.8Nanging Élimas — mengkono jenengéBar Yésus, tukang sihir mau ing basaYunani — ngalang-alangi, karepé supayagubernur mau aja nganti precayamarang Gusti Yésus.9Nanging Saulus sing uga disebutPaulus sing kapenuhan ing Roh Suci,mandeng marang tukang sihir kuwi,10banjur muni: "Hèh kowé anak Iblis!Kowé nglawan marang samubarangsing becik. Atimu kebak pangrékasing ala. Kowé dhemen ngingeraképiwulang-piwulangé Pangéran!11Saiki uga bakal digebug déningastané Pangéran, lan bakal dadi wuta;sajroning sawetara mangsa kowé bakalora weruh padhanging srengéngé." SakalÉlimas krasa kaya-kaya mripaté kesaputing peteng banjur gragap-gragap golèkdalan, lan njaluk dituntun.12Bareng weruh sing mengkono mau,gubernur nuli precaya lan kaéramanbanget marang piwulang bab GustiYésus.13Paulus lan sakancané nuli padhanunggang prau saka kutha Pafos

KISAH PARA RASUL 13.14–17 89

menyang kutha Pèrga ing tanah Pamfilia,nanging Yohanes Markus pamitan, lanbali menyang kutha Yérusalèm.14Saka Pèrga wong loro mau nerusakélakuné menyang kutha Antiokia, ingtanah Pisidia. Bareng dina Sabbat,dina Sabbaté wong Yahudi, Paulus lanBarnabas padha mlebu ing sinagogé.15Sawisé rampung maca Torèté NabiMusa, lan kitabé para nabi, parapinituwané pasamuwan Yahudi maukongkonan takon marang Paulus lanBarnabas, apa padha dhangan khotbah,tembungé: "Para sedhèrèk! Menawipanjenengan kersa paring pangandikadhateng kula sedaya, sumangga, kulacaosi wekdal."16Paulus nuli ngadeg, lan sawisémènèhi sasmita nganggo tangané,nuli miwiti khotbah mengkéné: "Parasedhèrèk bangsa Israèl lan sedhèrèk-sedhèrèk sanès ingkang sami manembahdhateng Gusti Allah ing panggènanmenika. Kula aturi midhangetaken aturkula.17Gusti Allah, inggih Allahipun bangsaIsraèl, sampun milih leluhur kita landamel bangsa menika dados ageng,

KISAH PARA RASUL 13.18–23 90

nalika bangsa menika ngawula ingtanah Mesir. Gusti Allah ngluwari bangsamenika saking tanah Mesir, sranapangwasanipun ingkang ageng,18mekaten ugi nyabari bangsa menikakawandasa taun laminipun wonten ingara-ara samun.19Gusti Allah wau sampun nyirnakakenbangsa pitu ing tanah Kenaan, sartandadosaken negari menika dados tanahpusakanipun bangsa Israèl,20ngantos kawan atus sèket taunlaminipun. Sasampunipun menika GustiAllah maringaken hakim-hakim ngantosdumugi jamanipun Nabi Samuèl.21 Inggih menika nalika para leluhur wausami nyuwun kaparingan ratu. Nalikasemanten Gusti Allah maringaken Saul,anakipun Kis, saking taler Bènyamin,dados ratu, laminipun kawan dasa taun.22Sasampunipun Saul dipun tampikdéning Gusti Allah, lajeng Dawudkaangkat déning Gusti Allah dadosraja. Pangandikanipun: ‘Wong sing kayaDawud, anaké Isai iki, Aku rena inggalih, wong kuwi sing nglakoni kersa-Ku.’23Gusti Yésus menika tedhakipun SangPrabu Dawud. Lan Gusti Allah sampun

KISAH PARA RASUL 13.24–27 91

ngersakaken Gusti Yésus dados JuruWilujengipun bangsa Israèl, manutprejanjianipun Gusti Allah piyambak.24Sadèrèngipun Gusti Yésus rawuh,Nabi Yohanes Pembaptis ngatag-atagtiyang Israèl sedaya, supados samimratobat, lan puruna dipun baptis.25Ngajengaken rampungingpedamelanipun, Nabi Yohanes Pembaptiswau ndangu dhateng tiyang-tiyang ingngriku: ‘Aku iki kokarani sapa? Akuiki dudu sing kokanti-anti! Delengen!Sapungkurku bakal ana Wong singrawuh, mbok nguculi trumpahé waé akuora pantes.’26Para sedhèrèk, tedhakipun RamaAbraham, tuwin sedaya bangsa, ingkangsami manembah dhateng Gusti Allah:Pawartos kabingahan menika sampunkawartosaken dhateng kita.27Tiyang-tiyang ing kitha Yérusalèmtuwin para pinisepuhipun sami mbotenmangertos, bilih inggih Gusti Yésusmenika Sang Juru Wilujeng. Tiyang-tiyang wau mboten sami mangertosdhateng pangandikanipun para nabi,senajan pangandika wau sami dipunwaos pendhak dinten Sabbat. Tiyang-

KISAH PARA RASUL 13.28–32 92

tiyang wau sami nglepataken GustiYésus, lan srana mekaten kelampahanmenapa ingkang dipun weca déning paranabi.28Senajan sami mboten gadhah alesanmenapa-menapa kanggé ndhawahakenukuman pejah dhateng Gusti Yésus,éwasemanten tiyang-tiyang wau saminyuwun dhateng Gubernur Pilatus,supados Gusti Yésus dipun sédani.29Sasampunipun tiyang-tiyang waunglampahi sedaya ingkang kaserat ingKitab Suci, layonipun Gusti Yésus lajengkaandhapaken saking kajeng salib, landipun sarèkaken wonten ing kubur.30Nanging Gusti Allah mungokakenGusti Yésus saking séda,31 lan ngantos sawetawis dintenGusti Yésus ngetingal dhateng paramuridipun, ingkang suwau ndhèrèkakenPanjenenganipun mider-mider ndlajahitanah Galiléa, ngantos dumugi kithaYérusalèm. Inggih tiyang-tiyang menikaingkang samenika sami dados seksi-seksinipun Gusti Yésus dhateng bangsaIsraèl.32Dhateng kula ing ngriki saprelungabaraken Injil, inggih kabar

KISAH PARA RASUL 13.33–37 93

kabingahan menika, dhatengpanjenengan sedaya, bilih menapaingkang kajanjèkaken déning Gusti Allahdhateng para leluhur kita,33 sampun dipun leksanani, sranaanggènipun mungokaken Gusti Yésussaking séda. Wonten ing Kitab Masmur,bab kalih, wonten seratan mekaten:‘Kowé kuwi anak-Ku; ing dina iki Akudadi Rama-Mu.’34Lan bab Gusti Allah anggènipunmungokaken Gusti Yésus saking séda,supados badanipun mboten ngalamirisak, wonten seratan mekaten: ‘Akubakal maringaké marang kowé janji-janjisuci, sing kena diugemi, sing wisDakjanjèkaké marang Dawud.’35Mila, wonten ing bagian sanèskaserat mekaten: ‘Paduka mboten badhénégakaken abdi Paduka ingkang setya,ngalami risak.’36Sang Prabu Dawud nalika sugengipunpancèn nglampahi kersanipun GustiAllah, lajeng séda lan dipun sarèkakennunggil kaliyan para leluhuripun, sartalayonipun ngalami risak.37Nanging tiyang ingkang layonipunmboten ngalami risak menika namung

KISAH PARA RASUL 13.38–42 94

Gusti Yésus, ingkang kawungokakendéning Gusti Allah saking séda.38Pramila panjenengan wajibsami pirsa, bilih inggih lantaranGusti Yésus menika pawartos babpangapuntening dosa kawartosakendhateng panjenengan.39Saben tiyang ingkang pitadosdhateng Gusti Yésus, dipunbébasaken saking dosanipun sedaya.Pembébasanipun dosa ingkang kadosmekaten menika mboten sagedpanjenengan tampèni saking TorètipunNabi Musa.40Mila kula aturi ngatos-atos, supadospanjenengan sampun ngantos ngalamikados pangandikanipun para nabi,ingkang mekaten:41 ‘Rungokna, hèh wong sing dhemenmemoyok lan ngrèmèhaké. Kowé bakalkaéraman nuli lebur! Sebab kowé bakalora padha precaya, marang pegawéansing Daktindakaké ing jaman saiki,senajan ana wong sing nerangakémarang kowé.’"42Bareng Rasul Paulus lan Barnabaspadha metu saka sinagogé mau, wong-wong Yahudi padha njaluk supaya Rasul

KISAH PARA RASUL 13.43–46 95

Paulus lan Barnabas ing dina Sabbatcandhaké teka menèh, lan mbacutakémènèhi ketrangan bab piwulangé mau.43Sabubaré kumpulan, akèh wongYahudi lan wong liyané sing nganutagama Yahudi, padha precaya marangpiwulangé Rasul Paulus lan Barnabas.Rasul-rasul kuwi padha ngatag-atag,supaya wong-wong mau padha lestariurip ing sajroning sih-kamirahané GustiAllah.44 Ing dina Sabbat candhaké, mèhkabèh wong ing kutha kono padhamrelokaké teka ing sinagogé, prelungrungokaké pangandikané Gusti Allah.45Nanging bareng wong-wong Yahudipadha weruh wong akèh mau, nuli padhamèri lan panas atiné. Wong-wong maunuli padha madoni lan ngala-ala RasulPaulus.46Nanging Rasul Paulus lan Barnabasenggoné sesorah malah saya kendel, lankandha mengkéné: "PangandikanipunGusti Allah menika ingkang rumiyinpiyambak pancèn kawartosaken dhatengpanjenengan. Nanging sarèhningpanjenengan sami nampik pangandikawau, lan rumaos mboten pantes

KISAH PARA RASUL 13.47–50 96

nampèni gesang langgeng menika, milapanjenengan sami kula tilar, lan kulabadhé murugi bangsa sanès, ingkangsami mboten wanuh dhateng Gusti Allah.47Sebab dhawuhipun Pangéran dhatengkula mekaten: ‘Kowé wis Daktetepakédadi pepadhang tumrap bangsa-bangsasing ora wanuh marang Gusti Allah,supaya kowé dadi marganing keslametantumrap para umat kabèh.’"48Wong-wong dudu Yahudi, sing padhakrungu tembungé para rasul mengkonomau padha bungah-bungah lan padhangluhuraké pangandikaning Pangéran.Wong-wong sing pancèn wis ditemtokakétampa urip langgeng, nuli iya padhaprecaya.49Pangandikané Gusti Allah sumebartekan ngendi-endi, wrata satanah konokabèh.50Nanging wong-wong Yahudi padhangojok-ojoki para penggedhéné kuthakono, lan para wong wadon dudu Yahudising kajèn ana ing masarakat, sarta singpadha manjing agama Yahudi, supayapadha nganiaya marang Rasul Paulus lanBarnabas, sarta nundhung para rasulmau metu saka tanah kono.

KISAH PARA RASUL 13.51–14.3 9751Para rasul nuli ngetabaké bledug singana ing sikilé, ana ing ngarepé wongakèh mau, sarta lunga menyang kuthaIkonium.52Nanging para murid sing ana ingkutha Antiokia kono padha bungahbanget lan padha kapenuhan ing RohSuci.

141Pengalamané para rasul anaing kutha Ikonium ora béda karo

nalika ana ing kutha Antiokia. Ana ingkutha Ikonium Rasul Paulus lan Barnabasuga padha mlebu ing sinagogé, sartamartakaké pangandikané Gusti Allah,nganti akèh wong-wong Yahudi lanwong-wong dudu Yahudi sing padhaprecaya.2Nanging wong-wong Yahudi singpadha ora gelem precaya, nuli padhangojok-ojoki marang wong-wong singdudu Yahudi, nganti wong-wong maubanjur padha nglawan marang pararasul.3Para rasul suwé ana ing kutha kono.Klawan kendel para rasul mau neksènibab Gusti Yésus, mangka Gusti Allahneksèni yèn pawartané para rasulbab katresnané Gusti, kuwi bener,

KISAH PARA RASUL 14.4–10 98

srana maringi pangwasa marang pararasul nindakaké mujijat-mujijat lankaélokan-kaélokan.4Para warganing kutha kono pecah dadiloro, ana sing ngiloni wong Yahudi, lanana sing ngiloni para rasul.5Wong-wong Yahudi lan parapinituwané, sarta wong-wong duduYahudi, padha sekuthon arep nganiayalan mbenturi watu marang para rasul.6Bareng para rasul krungu bab ikumau, nuli padha nyingkir menyangkutha Listra lan kutha Dèrbé, yakuwikutha-kutha ing tanah Likaonia, lanmenyang wilayah sakiwa-tengené.7Ana ing kono para rasul mau padhangabaraké Injil.8Ana ing kutha Listra ana wong singsikilé lumpuh wiwit lair mula, lan durungtau bisa mlaku.9Wong mau ngrungokaké piwulangéRasul Paulus. Rasul Paulus ngerti, yènwong kuwi bisa waras, merga wong mauprecaya. Mulané Rasul Paulus mandengwong mau,10 lan klawan swara sora ngandika:"Ngadega!" Wong mau nuli ngadegmaknyat lan wiwit mlaku-mlaku.

KISAH PARA RASUL 14.11–15 9911Bareng wong akèh ndeleng apa singditindakaké déning Rasul Paulus mau,nuli padha nguwuh-uwuh klawan soranganggo basa Likaonia: "Delengen,déwa-déwa wis padha dadi manungsakaya kita, lan padha mudhun maranikita!"12Barnabas disebut Zéus, lan RasulPaulus disebut Hèrmes, sebab RasulPaulus sing caturan.13 Imamé Déwa Zéus, sing kuilé ana ingsanjabané kutha, teka nggawa sapi-sapilan kekembangan ana ing gapuraningkutha. Imam lan wong akèh kuwi areppadha nyaosaké kurban marang pararasul mau.14Bareng Barnabas lan Paulus padhakrungu apa sing arep ditindakaké déningwong-wong mau, banjur padha nulak,srana nyuwèk-nyuwèk sandhangané,sarta mlayu marani wong akèh mau karonguwuh-uwuh:15 "Kénging menapa panjenengan samitumindak mekaten, para sedhèrèk? Kularak manungsa limrah, mboten bédakaliyan panjenengan sedaya. Dhatengkula mriki badhé ngabaraken Injil,supados panjenengan sami katuntuna,

KISAH PARA RASUL 14.16–19 100

nilar brahala-brahala ingkang mbotennyata menika, sarta mratobat dhatengGusti Allah ingkang gesang, ingkangnitahaken langit lan bumi, saganten lansaisinipun sedaya.16 Ing jaman ingkang sampunkepengker, Gusti Allah ngèndelakenkémawon para bangsa sami mlampahngambah marginipun piyambak-piyambak.17Kesaénanipun Gusti Allah menikaketitik saking anggènipun maringijawah saking langit sarta panèn miturutmangsanipun. Panjenenganipun maringitedha dhateng panjenengan, lanmaringi kabingahan dhateng manahpanjenengan."18Senajan wis dikandhani mengkono,éwasemono para rasul kangèlan bisanényegah wong-wong mau padha nyaosakékurban marang para rasul.19Ana wong Yahudi sawetara singpadha teka saka kutha Antiokia, ingtanah Pisidia, uga saka kutha Ikonium,padha ngojok-ojoki wong akèh mau,supaya ngiloni wong-wong mau. RasulPaulus nuli padha dibenturi watu, lan

KISAH PARA RASUL 14.20–23 101

disèrèd, digawa metu saka kutha, awitdikira rasul mau wis mati.20Nanging bareng wong sing precayapadha teka mrono, Rasul Paulus nulingadeg lan bali mlebu menyang kuthamenèh. Ésuké Rasul Paulus lan Barnabasmangkat menyang kutha Dèrbé.21 Ing kutha Dèrbé Rasul Paulus lanBarnabas uga ngabaraké Injil, lan akèhwong ing kono sing padha dadi muridéGusti Yésus. Sawisé kuwi para rasul maunuli padha bali menyang kutha Listra,Ikonium, lan Antiokia, ing tanah Pisidia.22Para rasul ana ing kutha-kutha maunggemblèng semangaté para wongprecaya, supaya padha kendel, sartangatag-atag wong-wong mau, karebènpadha mantep ing precaya, tembungé:"Sadurungé kita bisa ngrasakakékaraharjaning Kratoné Gusti Allah, kitaluwih dhisik kudu nglakoni kasangsaranakèh."23Ana ing saben pasamuwan konopara rasul padha netepaké pinituwa-pinituwané pasamuwan-pasamuwanmau. Para pinituwa-pinituwa kuwi nulidicaosaké marang Gusti Allah, sing dadiandel-andelé, srana pandonga lan pasa.

KISAH PARA RASUL 14.24–15.1 10224Sawisé Rasul Paulus lan Barnabasndlajahi tanah Pisidia, banjur bali menèhmenyang tanah Pamfilia.25 Ing kono para rasul padha ngabarakéInjil ing kutha Pèrga, nuli padha mangkatmenyang kutha Atalia.26Saka kono banjur padha balimenyang kutha Antiokia, yakuwi kuthapanggonané para rasul biyèn ditetepakédadi rasul déning Gusti Allah awit sakasih-rahmaté, supaya nglakoni ayahan,sing saikiné wis rampung.27Satekané ing kutha Antiokia, pararasul mau nuli nglumpukaké pasamuwaning kono, nyritakaké sakèhing lelakonsing wis katindakaké déning Gusti Allahlantaran para rasul mau. Semono ugabab enggoné Gusti Allah wis maringiwewengan marang wong-wong duduYahudi, supaya uga dadi wong precaya.28Ana ing pasamuwan mau para rasullerem kepara suwé.

151Ana wong Yudéa sawetara singpadha teka ing kutha Antiokia.

Wong-wong mau padha memulangmarang sedulur-sedulur Kristen ingkutha Antiokia kono, yèn ora bakal bisa

KISAH PARA RASUL 15.2–5 103

slamet, menawa ora padha ditetakimiturut Torèté Nabi Musa.2Piwulang mau njalari padu raméing antarané wong-wong saka tanahYudéa mau karo Rasul Paulus lanBarnabas. Wekasané diputus, supayaRasul Paulus lan Barnabas, tuwin sedulursawetara saka kutha Antiokia kono,padha menyang kutha Yérusalèm,prelu ngrembug perkara mau karo parapinituwa ing kana.3Wong-wong sing padha diutus maudiuntabaké déning pasamuwan. Lakunépara utusan mau ngliwati tanah Fénisialan tanah Samaria. Sedalan-dalan padhanyritakaké wong-wong dudu Yahudi singpadha precaya. [Lan ngakoni Gusti Yésusdadi Gustiné.] Pawarta mau banget gawébungahé para sedulur ing kono.4Satekané ing kutha Yérusalèm,para utusan mau ditampani déningpasamuwan, déning para rasul lanpara pinituwa. Para utusan nuli padhanyritakaké samubarang sing wisditindakaké déning Gusti Allah lantaranRasul Paulus lan Barnabas.5Wong Farisi sawetara, sing wis dadimuridé Gusti Yésus, nuli ngadeg lan

KISAH PARA RASUL 15.6–9 104

kandha: "Tiyang-tiyang sanès Yahudi,ingkang dados Kristen, menika kedahdipun tetaki, sarta wajib manut dhatengTorètipun Nabi Musa."6Para rasul lan para pinituwa nuli padhangrembug prekara mau.7Sawisé suwé enggoné padhabebantahan, Rasul Pétrus nulingadeg lan muni mengkéné: "Parasedhèrèk, panjenengan sami pirsa,kadospundi enggènipun Gusti Allahkala rumiyin sampun milih kula sakingantawis panjenengan sedaya, kapurihngabaraken Injil dhateng tiyang-tiyangsanès Yahudi, supados tiyang-tiyang wauinggih sami mireng pawartos menika,tuwin sami pitados.8Gusti Allah ingkang pirsa batosipunmanungsa, sampun nélakaken, bilihPanjenenganipun kersa nampèni tiyang-tiyang sanès Yahudi, srana maringakenSang Roh Suci dhateng tiyang-tiyangwau, sami kados ingkang kaparingakendhateng kita.9Gusti Allah babar-pisan mbotenmbédak-mbédakaken tiyang-tiyangsanès Yahudi kaliyan kita. Gusti Allahnucèkaken manahipun tiyang-tiyang

KISAH PARA RASUL 15.10–14 105

wau, margi tiyang-tiyang wau samipitados.10Menawi mekaten, kénging menapapanjenengan sami nglawan dhatengGusti Allah, srana nyukani momotandhateng tiyang-tiyang menika. Inggihmenika momotan, ingkang para leluhurkita lan kita piyambak mboten kiyatnyanggi.11Sampun ngantos! Awit kita samipitados lan dipun wilujengakenadhedhasar sih-rahmatipun Gusti Yésus,mekaten ugi tiyang-tiyang sanès Yahudimenika."12Wong sing ngumpul ana ingkono padha meneng kabèh nalikangrungokaké critané Barnabas lanRasul Paulus, bab mujijat-mujijat singwis ditindakaké déning Gusti Allah ingantarané wong-wong dudu Yahudi,lantaran rasul loro mau.13Sawisé kuwi Rasul Yakobus nulikandha mengkéné: "Para sedhèrèk! Kulaaturi mirengaken atur kula.14Nembé kémawon Simon (RasulSimon Pétrus) nyariyosaken, bilih GustiAllah salebetipun nyengker bangsasetunggal kagem Panjenenganipun

KISAH PARA RASUL 15.15–20 106

piyambak, wiwit-wiwitan mila inggihsampun ngetingalaken sih-rahmatipundhateng tiyang-tiyang sanès Yahudi.15Prekawis menika cocog kaliyanpangandikanipun para nabi, kadosingkang suraosipun:16 ‘Sawisé mengkono Aku bakal bali,sarta mbangun menèh omahé Dawud,sing wis rubuh, lan jugrugané bakalDakdandani, lan Daksantosakakémenèh,17 supaya wong liyané, sing duduYahudi, kabèh padha nggolèki Aku,yakuwi sakèhing wong sing ora wanuhmarang Aku, sing wis Daktimbali dadikagungan-Ku.’18Mengkono pangandikané Pangéran,sing wis nindakaké kuwi mau kabèhwiwit-wiwitan mula."19 "Miturut pemanggih kula," mengkonoRasul Yakobus nerusaké rembugé,"mboten samesthinipun, menawi kitasami damel sisahipun para sedhèrèksanès Yahudi, ingkang sami mratobatdhateng Gusti Allah.20Prayoginipun kita damel seratkémawon, ingkang wosipun, sukapamrayogi dhateng sedhèrèk-sedhèrèk

KISAH PARA RASUL 15.21–23 107

wau, supados mboten sami nedhatetedhan ingkang najis, inggih menikanedha sesajèning brahala; mekaten ugisupados mboten sami nedha dagingingkéwan, ingkang pejahipun srana dipuntekak; sampun ngantos sami nedha rah;kaliyan malih supados sami nyingkirilampah jina.21Awit Torètipun Nabi Musa wiwitrumiyin, pendhak dinten Sabbat sampunkawaosaken wonten ing sinagogé-sinagogé ing saenggèn-enggèn."22Para rasul, para pinituwa lan parawargané pasamuwan nuli mutus, milihwong sawetara saka ing antaranéwong sing padha mèlu ing pirembuganmau, diutus menyang kutha Antiokia,bebarengan karo Rasul Paulus lanBarnabas. Sing dipilih Yudas, sing ugakaran Barsabas, lan Silas — wong loromau diéringi banget déning para seduluring kono. —23Para utusan mau dikon ngeterakélayang sing uniné mengkéné: "Salamsaka aku para sedulurmu, para rasul lanpara pinituwa. Layang iki daktujokakémarang para sedulurku kabèh sing duduYahudi, sing padha manggon ana ing

KISAH PARA RASUL 15.24–29 108

kutha Antiokia, lan ing tanah Siria laning tanah Kilikia.24Aku padha krungu yèn ana wongsawetara saka ing antaraku sing padhagawé susahmu lan gawé bingungmu,merga piwulang piwulangé. Mangkakarepku ora mengkono.25Mulané aku banjur padha nganakaképirembugan, lan netepaké kongkonanwong loro, yakuwi Yudas lan Silas,supaya nemoni kowé kabèh. Wong loromau bakal mangkat bebarengan karoBarnabas lan Paulus.26Yakuwi wong sing padha ngetohakényawané kagem Gusti kita, YésusKristus.27Para sedulur sing padha dakkongkonmau, bakal nerangaké dhéwé marangkowé kabèh, padha kaya sing wisdaktulis ana ing layang iki.28Roh Suci lan aku kabèh wis padhatunggal panemu, yèn ora bakal padhagawé susahmu, lan mènèhi momotanngluwihi apa mesthiné,29yakuwi kowé aja padha manganpanganan, sing dienggo sajèné brahala;aja mangan getih, aja mangan kéwansing matiné srana ditekak; lan padha

KISAH PARA RASUL 15.30–35 109

nyingkirana laku jina. Yèn kowé padhanggatèkaké lan nyingkiri prekara-prekaramau wis cukup. Salam pandongakupadha tampanana."30Para utusan nuli padha pamitan,sarta mangkat menyang kutha Antiokia.Ana ing kono para wargané pasamuwankabèh nuli dikumpulaké, lan layang mauditampakaké.31Bareng padha maca layang mau,wong-wong sapasamuwan padha bungahbanget, merga rumangsa olèh panglipur.32Yudas lan Silas — loro-loroné nabi— guneman nganti suwé karo parasedulur ing kono. Wong-wong maupadha digemblèng imané, supaya padhamundhak kendel.33Sawisé padha ana ing kono sawetarasuwéné, Yudas lan Silas banjur padhadililani bali digawani salam kanggowong-wong sing padha ngutus mau.34 [Nanging Silas tetep manggon anaing kono.]35Rasul Paulus lan Barnabas padhalerem wetara suwé ana ing kuthaAntiokia kono. Bebarengan karo wongakèh, para rasul mau padha memulanglan martakaké pangandikané Gusti Allah.

KISAH PARA RASUL 15.36–16.1 11036Ora antara suwé Rasul Paulus kandhakaro Barnabas: "Ayo padha tilik parasedulur ing saben kutha, sing wis kitawartani pangandikané Gusti Allah, prelungaruhaké kaanané para sedulur mau."37Barnabas kepéngin ngajak YohanesMarkus,38nanging Rasul Paulus ora rujuk, yènMarkus diajak, awit tau ninggal wongloro mau ana ing tanah Pamfilia, lanMarkus kuwi ora tumemen enggonémbiyantu nganti sarampungé pegawéan.39Prekara mau marakaké padu ramé,nganti pungkasané Rasul Paulus lanBarnabas padha pepisahan. Barnabasngajak Markus, banjur nunggang praumenyang Siprus.40Rasul Paulus ngajak Silas. SawiséRasul Paulus lan Silas mau padhadipasrahaké déning pasamuwan ana ingsih-kamirahané Gusti Allah.41Nuli padha mangkat, ndlajahi tanahSiria lan Kilikia, nyantosakaké imanépasamuwan-pasamuwan sing ana ingkono.

161Rasul Paulus nerusaké lakunémenyang kutha Dèrbé lan Listra.

Ing kono ana wong precaya, jenengé

KISAH PARA RASUL 16.2–7 111

Timotius. Ibuné wong Yahudi, uga wongprecaya nanging bapakné wong Yunani.2Kabèh wong precaya ing kutha Listralan Ikonium padha neksèni, yèn Timotiuskuwi wong becik.3Rasul Paulus kepéngin supayaTimotius mau dadi kanthiné, mulané nuliditetaki, sebab saben wong wis ngerti,yèn bapakné Timotius kuwi wong Yunani.4 Ing saben kutha sing ditekani,Rasul Paulus ngandhakaké marangpasamuwan-pasamuwan bab keputusan-keputusan sing wis ditetepaké déningpara rasul lan para pinituwa ingkutha Yérusalèm, lan ngatag supayaputusan-putusan mau padha ditetepi.5Srana mengkono pasamuwan-pasamuwan mau imané disantosakaké,lan cacahé wargané saben dina terusmundhak-mundhak.6Sarèhné Sang Roh Suci ora marengakéRasul Paulus sakancané ngabaraké Injilana ing wilayah Asia Cilik, wong telumau nuli padha ndlajahi tanah Frigia lanGalatia.7Bareng padha tekan tapel wateséMisia, wong-wong mau padha nyoba

KISAH PARA RASUL 16.8–12 112

arep mlebu ing tanah Bitinia, nangingRohé Gusti Yésus ora marengaké.8Mulané wong-wong mau nuli padhanerusaké lakuné menyang kutha Troas,metu tanah Misia.9Bengi kuwi Rasul Paulus pirsatetingalan ana wong Makédonia ngadegkaro kandha: "Kula aturi rawuh dhatengtanah Makédonia lan nulungi kulasedaya."10Bareng Rasul Paulus olèh wahyumau, akua padha duwé panemu, yènGusti Allah nimbali aku sakanca supayangabaraké Injil marang wong-wongMakédonia. Aku nuli padha tata-tata,banjur mangkat menyang tanahMakédonia.11Aku sakanca banjur padha mangkat,nunggang prau saka kutha Troas,nyabrang menyang pulo Samotraké,lan ésuké nerusaké menyang kuthaNéapolis.12Saka kono aku padha ngenermenyang kutha Filipi, yakuwi kuthakawitan ing wilayah Makédonia. KuthaFilipi kuwi kutha sing dienggoni wong-

aaku: Lukas, ingkang nganggit serat Para Rasulmenika.

KISAH PARA RASUL 16.13–16 113

wong Rum. Aku padha nginep ana ingkutha kono sawetara dina.13Mbeneri dina Sabbaté wong Yahudi,aku padha metu saka kutha menyangpinggiring kali, awit aku padha ngira,yèn ana ing kono ana sinagogé, papanpangibadahé wong Yahudi. Aku padhalungguh omong-omongan karo parawong wadon sing padha ana ing kono.14 Ing antarané wong-wong wadonsing mèlu ngrungokaké mau, ana singjenengé Lidhia, saka kutha Tiatira, bakulkain wungu. Lidhia kuwi wong singngabekti marang Gusti Allah, mulanéGusti Allah kepareng ngosikaké atiné,nganti wong mau nampani piwulangéRasul Paulus.15Lidhia sabrayat nuli dibaptis.Banjur kandha, tembungé: "Menawipanjenengan sami yakin, bilih kulasampun pitados dados kagunganipunGusti Yésus, sumangga panjenengankula aturi pinarak ing griya kula."Sarèhné adreng penjaluké, aku nulipadha menyang omahé.16 Ing sawijining dina, nalika akulagi padha menyang sinagogé, akupadha kepethuk karo wong wadon,

KISAH PARA RASUL 16.17–19 114

batur-tukon, sing kepanjingan dhemitpréwangan. Wong mau bisa nyritakaképrekara-prekara sing bakal kelakon,njalari para bendarané olèh keuntungangedhé, srana enggoné methèk nasibéwong-wong.17Wong wadon mau ngetutaké RasulPaulus lan aku kabèh karo bengok-bengok, tembungé: "Wong-wong ikiabdiné Allah sing mahaluhur! Tekanémréné arep ngandhani kowé, kepriyébisané kowé padha olèh keslametan!"18Nganti pirang-pirang dina lawaséwong mau terus-terusan bengok-bengokkaya mengkono, temah Rasul Paulusnepsu banget, nuli minger sartanundhung dhemité préwangan mau."Atas asmané Gusti Yésus, kowédaktundhung metu saka wong wadonkuwi!" Sanalika iku uga dhemit maumetu saka wong wadon mau.19Bareng para majikané weruh, yèn wisora ana pengarep-arep menèh bisanéolèh kauntungan saka olèhé ngingupréwangan mau, nuli padha nyekelPaulus lan Silas. Wong loro mau padhadisèrèd, digawa menyang alun-alun,

KISAH PARA RASUL 16.20–24 115

kaladèkaké marang penggedhéné kuthakono.20Para penggedhéné kutha mau nulingladèkaké wong loro mau marang parapenggedhéné pepréntahan Rum ingkutha kono, aturé: "Tiyang kalih menikatiyang Yahudi, ingkang sami damel gègèrwonten ing kitha ngriki.21Tiyang-tiyang menika samimulangaken adat tata cara ingkangcengkah kaliyan prenatan kula sedaya.Kula sedaya menika warga negari Rumlan mboten purun menawi kapurihnganut adat-adat menika!"22Wong akèh uga padha mèlu-mèlundakwa. Para pegawéné krajan Rumnuli nyuwèk-nyuwèk sandhangané RasulPaulus lan Silas, sarta akon supaya wongloro mau dipecuti.23Sawisé kuwi wong loro mau nulidilebokaké ing pakunjaran, sartapegawéné pakunjaran dipréntah supayawong loro mau dijaga sing keras.24Sarèhné dipréntah mengkono,mulané kepala pakunjaran mau nulinglebokaké Rasul Paulus lan Silas anaing sèl pakunjaran sing njero dhéwé;sikilé padha dibelok.

KISAH PARA RASUL 16.25–30 11625Bareng kira-kira tengah wengi RasulPaulus lan Silas padha ndedonga lanpadha menyanyi, memuji marang GustiAllah. Wong-wong tahanan liyané padhangrungokaké enggoné wong loro maupadha memuji.26Dumadakan ana lindhu gedhé, ngantipondhasiné pakunjaran jebol, lawangépakunjaran menga, lan ranté-ranté singkanggo mblenggu wong tahanan padhaucul.27Kepalané pakunjaran tangi,lan bareng weruh lawang-lawangépakunjaran menga, wong mau ngirayèn wong tahanan kabèh wis padhamlayu. Wong mau ngunus pedhangé,arep nglalu.28Nanging Rasul Paulus mbengoksarosané: "Sampun nglalu pak, kulasedaya taksih sami wonten ing ngriki!"29Kepala pakunjaran nuli njaluk lampulan mlebu ing pakunjaran. Wong mauklawan gumeter sumungkem ana ingngarepé Rasul Paulus lan Silas.30Kepala pakunjaran banjur ngajakmetu wong loro mau, karo kandha:"Bapak-bapak! Menapa ingkang kedah

KISAH PARA RASUL 16.31–36 117

kula lampahi, supados manggihkawilujengan?"31Wangsulané Rasul Paulus lanSilas: "Pitadosa dhateng Gusti Yésus,panjenengan mesthi badhé wilujeng,inggih panjenengan, inggih brayatpanjenengan!"32Rasul Paulus lan Silas banjurnerangaké pangandikané Gusti Allahmarang kepala pakunjaran mau lansabrayaté kabèh.33Sanalika, bengi kuwi uga RasulPaulus lan Silas diajak menyang omahékepala pakunjaran. Tatu-tatuné RasulPaulus lan Silas nuli ditambani. Sawisékuwi kepala pakunjaran sarta brayatékabèh padha dibaptis.34Rasul Paulus lan Silas nuli disuguhmangan. Kepala pakunjaran dalahbrayaté padha bungah banget, sebabsaiki wis padha dadi kagungané GustiAllah.35Ésuké para pegawé krajanRum padha ngutus polisi menyangpakunjaran, dipréntah mengkéné:"Wong-wong loro kuwi luwarana."36Kepalané pakunjaran nuli nerusaképréntah mau marang Rasul Paulus:

KISAH PARA RASUL 16.37–40 118

"Kula ngaturaken sugeng tindak, sebabpara pengageng krajan Rum sampundhawuh supados panjenengan samidipun luwari."37Nanging Rasul Paulus kandha karopolisi sing nggawa préntah mau: "Tanpadipun priksa kula sami dipun pecuti ingngajengipun tiyang kathah, mangkakula menika warga negari Rum! Kulasami dipun lebetaken ing pakunjaran;samenika kula dipun purih késahmekaten kémawon kalayan sidheman?Mboten! Para pengageng pepréntahanRum piyambak supados sami mrikingluwari kula kekalih."38Polisi mau nglapuraké marangpenggedhéné pepréntahan Rum. Barengkrungu yèn Rasul Paulus lan Silas kuwiwarga negara Rum, para penggedhémau padha wedi banget,39 lan énggal-énggal padha teka ingpakunjaran, njaluk ngapura. Sawisékuwi para penggedhé mau ngirid RasulPaulus lan Silas metu saka pakunjaran,sarta njaluk supaya wong loro mau lungasaka kutha kono.40Rasul Paulus lan Silas nuli maraniomahé Lidhia. Ana ing kono padha

KISAH PARA RASUL 17.1–4 119

ketemu karo para sedulur liyané.Sawisé mituturi sing gawé santosaningprecayané para sedulur ing kono, RasulPaulus lan Silas nuli padha mangkat.

171Rasul Paulus lan Silas nuli nrabasliwat kutha Amfipolis lan kutha

Apolonia, tekan kutha Tésalonika. IngTésalonika kono ana sinagogé, papanpangibadahé wong Yahudi.2Kaya padatan, Rasul Paulus nulimlebu mrono, lan nganti telung Sabbatterus-terusan wawancara karo parawargané sinagogé kono bab ayat-ayatingKitab Suci.3Rasul Paulus napsir ayat-ayat maulan mbuktèkaké, yèn Sang Kristuskuwi prelu nandhang sangsara lankawungokaké saka ing séda, tembungé:"Gusti Yésus ingkang kula wartosakendhateng panjenengan, menika SangMèsias!"4Ana wong sing padha yakin, banjurpadha mèlu Rasul Paulus lan Silas;semono uga akèh wong-wong Yunanising biyèn nganut agama Yahudi, apadéné para wong wadon, bangsa luhur,ora sethithik sing padha precaya.

KISAH PARA RASUL 17.5–9 1205Weruh wong akèh padha dadi Kristenmau, wong-wong Yahudi padha panasatiné. Nuli padha nglumpukaké wongglandhangan supaya gawé ontran-ontran, nganti sakutha kabèh gègèr.Wong-wong mau padha mlebu ingomahé Yason, sing dipondhoki RasulPaulus lan Silas, padha nggolèki RasulPaulus lan Silas, arep diladèkaké marangkumpulané warga kutha.6Bareng Rasul Paulus lan Silas oraketemu, wong-wong mau banjur nyèrèdYason lan wong precaya sawetara,disowanaké marang penggedhéné kuthakono, karo muni: "Tiyang-tiyang menikawonten ing pundi-pundi damel kisruh,lan samenika dhateng mriki,7dipun tampèni déning Yason.Tiyang-tiyang wau sami nerak undhang-undhangipun Kaisar ing Rum, awit samisanjang bilih wonten ratu sanèsipun,ingkang nama Yésus."8Tembung mengkono mau gawé gègèréwong akèh lan para penggedhéné kutha.9Para penggedhé mau akon Yasonlan kanca-kancané mbayar dhuwitdhendhan. Sawisé kuwi lagi padhadieculaké.

KISAH PARA RASUL 17.10–13 12110Benginé para sedulur padha akonRasul Paulus lan Silas lunga menyangkutha Béréa. Satekané ing kono, RasulPaulus lan Silas nuli padha nggolèkisinagogé, panggonan ngibadahé wongYahudi.11Wong-wong Yahudi ing kutha konowawasané luwih jembar ketimbangkaro wong Yahudi ing kutha Tésalonika.Wong-wong Yahudi ing kutha Béréapadha seneng ngrungokaké piwulangsing diwartakaké déning Rasul Pauluslan Silas. Saben dina padha maca KitabSuci, supaya ngerti apa piwulangé RasulPaulus kuwi bener apa ora.12Akèh ing antarané wong mau singnuli padha precaya. Akèh para wongYunani, saka golongan luhur, sing padhaprecaya. Semono uga ora sethithikkaum priya padha mlebu dadi warganingpasamuwan Kristen.13Kocapa, bareng wong Yahudi ingkutha Tésalonika padha krungu, yènRasul Paulus lan Silas mulangaképangandikané Gusti Allah ana ing Béréa,banjur padha teka mrono, ngojok-ojokilan ngobong atiné wong akèh sing padhangumpul ana ing kono.

KISAH PARA RASUL 17.14–18 12214Mulané wong-wong nuli énggal-énggal ngeteraké Rasul Paulus menyangpesisiré segara, nanging Timotius lanSilas kari ana ing Béréa kono.15Sawisé tekan kutha Aténa, wong-wong mau padha bali menèh menyangBéréa, karo diweling déning RasulPaulus, supaya Silas lan Timotius dikonénggal nusul.16Sajroné ngentèni tekané Silas lanTimotius, Rasul Paulus prihatin weruhbrahala-brahala sing akèhé presasatngebaki kutha Aténa mau.17Ana ing sinagogé, papan pangibadahéwong Yahudi, Rasul Paulus tukar kawruhkaro wong Yahudi lan wong-wong duduYahudi sing nganut agama Yahudi.Sing mengkono mau uga ditindakakésaben dina déning Rasul Paulus ana ingalun-alun, karo wong sapa waé, singliwat ana ing kono.18Ana ahli pikir saka golongan Épikurilan Stoiki, sing padha bebantahan karoRasul Paulus. Ana sing muni: "Apa singdiomongaké tukang ngobrol kuwi?"Ana menèh sing muni: "Sajaké wongkuwi mulangaké bab déwa-déwa anyar."Enggoné padha muni mengkono mau

KISAH PARA RASUL 17.19–23 123

jalaran Rasul Paulus nyritakaké babGusti Yésus lan wunguné saka ing séda.19Rasul Paulus nuli diajak menyangpapan parepatané para ahli pikir, singdisebut Aréopagus, aturé: "Kula samikepéngin mireng piwulang énggalingkang panjenengan wulangakenmenika.20Sebab wonten prekawis-prekawisingkang anèh tumrap ing kula sedaya.Mila, kula sami kepéngin mangertos."21 (Awit para warga kutha Aténa,semono uga para wong-wong bangsaliyané, sing padha manggon ana ingkutha kono, umumé padha senengnanjakaké wektuné kanggo nyritakakélan ngrungokaké crita prekara-prekarasing anyar.)22Rasul Paulus nuli ngadeg ing ngarepéparepatan Aréopagus kono, sartasesorah: "Para sedhèrèk ing kitha Aténa!Kula sumerep saking sedaya prekawis,ketitik bilih panjenengan menika tiyangingkang ngibadah.23Sebab nalika kula mlampah-mlampahing kitha, kula sumerep ing antawisipunpapan-papan sembahyang panjenengan,wonten ingkang mesbèhipun dipun serati

KISAH PARA RASUL 17.24–27 124

mekaten: ‘Kasaosaken dhateng Allah,ingkang mboten dipun ngertosi’. InggihGusti Allah ingkang panjenengan bektènitanpa panjenengan ngertosi menikaingkang kepéngin kula criyosakendhateng panjenengan.24 Inggih menika Allah ingkang sampunnitahaken jagad menika lan saisinipun.Inggih Allah menika Allahipun langit lanbumi. Allah menika mboten manggènwonten ing kuil-kuil utawi candi-candidamelanipun manungsa.25Panjenenganipun inggih mbotenmbetahaken sesajèn menapakémawon saking manungsa, sebabPanjenenganipun ingkang maringiambekan lan gesang tuwin samukawisdhateng manungsa.26Saking tiyang setunggal, Gusti Allahwau sampun ndadosaken bangsa-bangsakapurih manggèn ing salumahing bumingriki. Inggih Gusti Allah menikaingkang netepaken saking wiwitan milawekdal, sarta papan padununganipunpiyambak-piyambak.27Enggènipun Gusti Allah tumindakmekaten menika, supados manungsasami ngupadosana Panjenenganipun.

KISAH PARA RASUL 17.28–31 125

Sokur bagé saged manggihakenPanjenenganipun. Jalaran èstunipunGusti Allah wau mboten tebih saking kitapiyambak-piyambak.28Kados ingkang sami dipuncariyosaken tiyang kathah, ‘Karanapangwaosipun kita sami gesang,sami makarya lan manggèn ingdonya menika.’ Kados ingkang dipunpratélakaken déning para pujanggapanjenengan, ‘Awit, kita ugi tedhakturunipun Gusti Allah.’29Sarèhné kita menika para putranipunGusti Allah, mila mboten leres menawikita nganggep, bilih kawontenanipunGusti Allah menika kados reca, ingkangkadamel saking emas, slaka utawiséla ingkang kawangun miturutkapinteranipun manungsa.30Tanpa ngèngeti jaman jahiliahb GustiAllah samenika martosaken dhatengmanungsa, bilih sedaya manungsakedah sami mratobat saking lampahipuningkang awon.31Sebab Gusti Allah sampun netepakendinten enggènipun badhé ngadili jagad.

bjahiliah: jaman tiyang-tiyang taksih bodho-bodho.

KISAH PARA RASUL 17.32–18.2 126

Pengadilan wau badhé katindakakendéning tiyang, ingkang sampun kapijidéning Gusti Allah. Minangka buktinipunGusti Allah sampun nangèkaken tiyangwau saking antawisipun tiyang pejah."32Bareng wong-wong mau padhakrungu Rasul Paulus kandha bab tanginéwong mati, ana sing nuli nggeguyutembungé Rasul Paulus mau, ana singbanjur muni: "Sanès wekdal kémawonkula mirengaken malih."33Rasul Paulus nuli lunga sakaAréopagus kono.34Ana wong sawetara sing padhaprecaya lan mèlu Rasul Paulus, kayata:Dionisius, ahli pikir warganing Aréopaguskono, wong wadon aran Damaris, lanwong sawetara menèh.

181Sawisé kuwi Rasul Paulus nulilunga saka kutha Aténa menyang

kutha Korintus.2Ana ing kutha Korintus kono RasulPaulus ketemu karo wong Yahudi, singaran Akwila, asal saka kutha Pontus,sing lagi teka saka tanah Italia, karobojoné sing jeneng Priskila. Tekané ingkutha Korintus mau jalaran Klaudius,Kaisar negara Rum, nundhungi wong

KISAH PARA RASUL 18.3–6 127

Yahudi kabèh saka kutha Rum. RasulPaulus nemoni Akwila lan Priskila,3 lan manggon ing omahé brayat mau,sarta nyambut-gawé bebarengan karowong-wong kuwi, awit padha-padhatukang gawé téndha.4Saben Sabbat, Rasul Paulus tukarkawruh karo wong-wong sing padhakumpulan ana ing sinagogé, papanpangibadahé wong Yahudi, karepé arepngyakinaké wong-wong Yahudi lanwong-wong Yunani, sing padha nganutagama Yahudi.5Bareng Silas lan Timotius teka sakatanah Makédonia, Rasul Paulus nulimligi ngabaraké Injil, awèh paseksi yènGusti Yésus kuwi Sang Kristus, singdijanjèkaké bakal rawuh déning GustiAllah.6Yèn ana wong sing nulak lan ngala-ala,Rasul Paulus nuli ngetabaké lebuningsandhangané karo muni: "Menawinemahi sangsara, kula aturi nyanggipiyambak. Kula mboten kalepatandhateng panjenengan. Wiwit samenikakula badhé murugi tiyang-tiyangsanèsipun."

KISAH PARA RASUL 18.7–11 1287Wong-wong mau banjur ditinggallunga déning Rasul Paulus. SabanjuréRasul Paulus mondhok ing omahé wongdudu Yahudi, nanging sing nganutagama Yahudi, wong mau jenengéTitius Yustus. Omahé Titius Yustus mausandhing sinagogé kono.8Krispus, kepalané sinagogé maulan sabrayaté uga precaya marangGusti Yésus. Kejaba kuwi akèh menèhwong-wong liyané ing kutha Korintuskono sing padha ngrungokaké Injil,sing diwartakaké déning Rasul Paulus,lan padha precaya. Wong sing padhaprecaya mau nuli padha dibaptisi.9 Ing sawijining bengi Gusti Allahngandika marang Rasul Paulus sajroningwahyu, mengkéné: "Aja wedi! Terusnaenggonmu ngabaraké Injil lan aja lèrèn.10Sebab Aku nunggal karo kowé. Oraana wong sing bakal nganiaya kowé,sebab ing kutha kéné akèh wong singdadi umat-Ku."11Mulané Rasul Paulus enggonémanggon ing kutha Korintus kononganti siji setengah taun, karo mulangwong-wong bab pangandikané GustiAllah.

KISAH PARA RASUL 18.12–16 12912Nanging bareng Galio dadi gubernuring tanah Akhaya, wong Yahudi sanalikanuli padha ngroyok Rasul Paulus. RasulPaulus dicekel lan diirid menyang kantorpengadilan.13Pandakwané wong-wong maumarang Rasul Paulus mengkéné: "Tiyangmenika ngajak tiyang kathah, supadossami nyembah dhateng Gusti Allah,mawi patrap ingkang cengkah kaliyanprenataning agami kita!"14Bareng Rasul Paulus lagi arepmangsuli pandakwa mau, GubernurGalio kandha marang wong-wongYahudi: "Kowé wong-wong Yahudi.Yèn wong iki nglanggar prenataningnegara utawa nindakaké kadursilan, wissamesthiné aku nampani gugatanmu.15Nanging prekara sing dadidhadhakaning padu iki rak prekaratembung lan jeneng sing magepokankaro prenatan-prenataning agamamudhéwé, mulané prekara kuwirampungana dhéwé. Aku emohdadi hakim tumrap prekara-prekara singkaya mengkono!"16Wong-wong Yahudi mau nuliditundhung metu.

KISAH PARA RASUL 18.17–22 13017Sabanjuré wong-wong mau padhanyekel Sostenès, kepalané sinagogékono, digebugi ana ing ngarepépradataning agama. Nanging GubernurGalio babar-pisan ora mreduli prekaramau.18Rasul Paulus isih sawetara dinamenèh ana ing kutha Korintus kono,nginep ing panggonané para sedulurKristen. Sawisé kuwi Rasul Paulusnuli lunga saka kono, nunggang praukaro Priskila lan Akwila menyang Siria.Sadurungé mangkat, Rasul Paulusnyukur rambuté ana ing pelabuhanKèngkréa kanggo ngluwari nadaré.19Satekané ing kutha Éfesus, RasulPaulus ninggal Priskila lan Akwila, banjurmlebu ing sinagogé lan tukar kawruhkaro wong-wong Yahudi.20Wong-wong mau njaluk supaya RasulPaulus enggoné mampir rada suwé,nanging ora kersa.21Tembungé: "Menawi Gusti Allahmarengaken, kula badhé wangsul mrikimalih." Rasul Paulus nuli lunga saka ingkutha Éfesus.22Bareng wis tekan kutha Kaisaréa,Rasul Paulus banjur nerusaké lakuné

KISAH PARA RASUL 18.23–27 131

menyang kutha Yérusalèm, arepngaturaké salam marang pasamuwaning kono. Sawusé kuwi banjur nerusakélakuné menyang kutha Antiokia.23Sawisé sawetara lawas ana ingkutha Antiokia kono, banjur lungamenyang tanah Galatia lan tanah Frigia,prelu nyantosakaké imané wong-wongprecaya sing ana ing kono.24Ana wong Yahudi, kelairan sakakutha Alèksandria, jenengé Apolos, tekaing kutha Éfesus. Apolos kuwi wong singmicara lan akèh kawruhé bab Kitab Suci.25Dhèwèké wis nampa piwulang bab‘Dalaning Pangéran’, mulané klawansemangat lan gamblang mulangaké babGusti Yésus, senajan sing diweruhi munglagi bab baptisané Yohanes Pembaptis.26Kendel banget Apolos olèhé miwitimulang ana ing sinagogé. Bareng Priskilalan Akwila krungu piwulangé, Apolos nulidiampiraké menyang omahé wong loromau, supaya nerangaké klawan cethabab sakèhing piwulang Kristen.27Sawisé kuwi Apolos arep lungamenyang tanah Akhaya. Wong-wongKristen ing Éfesus nuli nggawèkakélayang, sing maksudé ngenalaké

KISAH PARA RASUL 18.28–19.3 132

Apolos mau marang sedulur-seduluring tanah Akhaya, klawan penjaluksupaya Apolos ditampa klawan becik.Satekané ing tanah Akhaya, karanasih-kamirahané Gusti Allah, Apolos maudadi penginjil sing migunani bangettumrap wong-wong sing precaya.28Tansah bebantahan nganggo dhasarKitab Suci karo para wong Yahudi anaing ngarepané umum, minangka paseksiyèn Gusti Yésus kuwi Sang Mèsias.

191Nalika Apolos isih ana ing kuthaKorintus, Rasul Paulus ndlajahi

tanah-tanah sing adoh kutha, ngantitekan ing kutha Éfesus. Ana ing konoRasul Paulus kepethuk karo wong Kristensawetara.2Wong-wong Kristen mau ditakoni:"Menapa panjenengan sampun saminampèni Roh Suci nalika dipun baptis?"Wangsulané wong-wong mau: "Mirengwontenipun Roh Suci kémawon dèrèngnaté!"3Pitakoné Rasul Paulus: "Menawimekaten, baptis panjenengan nganggéwewaton menapa?" Wangsulané wong-wong mau: "Nganggé baptisipun NabiYohanes."

KISAH PARA RASUL 19.4–9 1334Rasul Paulus banjur nerangaké:"Baptisipun Nabi Yohanes menikabaptisipun tiyang-tiyang ingkangmratobat saking dosanipun. NabiYohanes sanjang dhateng tiyang-tiyang Israèl, supados sami pitadosdhateng Tiyang, ingkang dhatengipunsapengkeripun Nabi Yohanes, inggihmenika Gusti Yésus."5Bareng krungu ketrangan mengkono,wong-wong mau nuli padha njaluk baptising asmané Gusti Yésus.6Nalika Rasul Paulus numpangakétangané ing sirahé wong-wong mau,sanalika wong-wong mau nuli padhakapenuhan ing Roh Suci, banjur padhacaturan nganggo basa sing anèh, sartamartakaké pangandikané Gusti Allah.7Kabèh mau cacahé kira-kira ana wongrolas.8Telung sasi lawasé Rasul Paulusmemulang klawan kendel ana ingsinagogé, papan pangibadahé wongYahudi, tukar kawruh karo wong-wongYahudi lan ngudi ngyakinaké wong-wongmau bab Kratoné Gusti Allah.9Nanging uga ana wong-wong singpadha wangkal ora gelem precaya.

KISAH PARA RASUL 19.10–13 134

Wong-wong mau padha ngala-alapiwulang Kristen ing ngarepé wongakèh. Mulané wong-wong mau nulipadha ditinggal lunga déning RasulPaulus. Wong sing padha precaya nulidikumpulaké lan saben dina Rasul Paulusmemulang ana ing panggonan singlumrahé dienggo mulang déning Tiranus.10Enggoné Rasul Paulus memulangkaya mengkono kuwi nganti rong taunlawasé, temah kabèh wong sing padhamanggon ana ing tanah Asia, wongYahudi, lan wong bangsa liyané, padhakrungu pangandikané Gusti Allah.11Gusti Allah nindakaké mujijat-mujijatsing hébat banget lantaran Rasul Paulus.12Nganti kacu utawa suwèkansandhangan lungsuran sing dienggo,yèn ditumpangaké wong lara, wong maubanjur waras, lan dhemit-dhemit pisaniya padha metu saka wong-wong laramau.13 Ing kono ana wong Yahudi sawetarasing mider-mider marasaké wong-wongsing padha kepanjingan dhemit. Wong-wong mau uga padha nyoba nundhungdhemit nganggo nyebut asmané GustiYésus, karo muni mengkéné: "Kowé

KISAH PARA RASUL 19.14–19 135

daksupatani atas asmané Gusti Yésus,sing diwartakaké déning Rasul Paulus."14Sing nindakaké kaya mengkono kuwiwong pitu, yakuwi para anaké imamagung, sing jeneng Skéwa.15Nanging kocapa, dhemit-dhemit maupadha mangsuli: "Yésus aku kenal.Paulus aku ya kenal, nanging kowé kuwisapa?"16Wong sing kepanjingan dhemit kuwinuli nubruk wong pitu mau sarosané,nganti wong pitu mau kalah kabèh,temah kepeksa mlayu saka ing omahkono, dhèdhèl dhuwèl lan kewudan.17Wong-wong Yahudi kabèh lan wongbangsa liya, sing padha nganut agamaYahudi ing kutha Éfesus kono padhakrungu lelakon mau, banjur padha wedibanget. Srana mengkono asmané GustiYésus saya kesuwur lan diéringi.18Akèh wong sing wis padha precaya,padha teka lan ngakoni ing ngarepéwong akèh, apa sing padha dilakoni.19Akèh wong precaya sing biyènwis tau nindakaké ilmu sihir padhanglumpukaké buku-bukuné dadi siji,nuli padha diobong ana ing ngarepingwong akèh. Nalika ajiné buku-buku mau

KISAH PARA RASUL 19.20–24 136

digunggung, ketemu pirang-pirang puluhjuta rupiah.20Anané lelakon-lelakon sing mengkonomau marakaké pangandikané Gusti Allahsaya sumebar lan saya gedhé dayané.21Sawusé lelakon kuwi mau kabèh,Rasul Paulus kenceng tékadé arepmenyang kutha Yérusalèm, liwat tanahMakédonia lan tanah Yunani. RasulPaulus ngucap mengkéné: "Sawisé akumrana, aku nuli arep menyang kuthaRum."22Rasul Paulus nuli ngutus wong lorosaka panunggalané para pembantuné,yakuwi Timotius lan Érastus, mangkatmenyang Makédonia, déné Rasul Paulusdhéwé kari ana ing tanah Asia sawetaramangsa.23Nalika semana ana gègèran gedhé ingkutha Éfesus, jalaran saya ngrembakanépiwulang bab ‘Dalaning Pangéran’.24Awit ana sawijining kemasan,jenengé Démétrius, sing pangupajiwanénggawèni candi cilik-cilik, niru candinéDèwi Agung Diana. DaganganéDémétrius mau nekakaké keuntunganora sethithik kanggo para tukangé.

KISAH PARA RASUL 19.25–28 13725Mulané Démétrius mau nulingumpulaké para tukangé lan ugapara tukang saka kemasan liyané,banjur kandha mengkéné: "Para kancasedaya! Panjenengan sami pirsa,bilih penggaotan kita menika, dadoskemasan.26Samenika, cobi panjenengan pirsani,menapa ingkang katindakaken déningPaulus menika. Piyambakipun sanjang,bilih déwa-déwa ingkang dipun dameldéning tanganipun manungsa menikasanès déwa saèstu. Paulus sampunsaged ngyakinaken tiyang kathah,mboten namung wonten ing kitha Éfesuskémawon, nanging ugi ing mèh satanahAsia sedaya.27Srana mekaten mboten namungpenggaotan kitha kémawon ingkangdipun rèmèhaken, nanging ugipepundhèn kita Dèwi Agung Diana,badhé mboten wonten aosipun, sartakaluhuranipun badhé sirna, inggihmenika kaluhuranipun Dèwi AgungDiana ingkang kasembah déning tiyangsatanah Asia lan sajagad sedaya."28Bareng krungu tembung mengkonomau, atiné wong-wong mau dadi

KISAH PARA RASUL 19.29–33 138

panas, nuli wiwit padha bengok-bengok:"Kaagungana Dèwi Diana, pepujanipuntiyang Éfesus!"29Sakutha kabèh nuli gègèr. Wongakèh mau banjur nyekel Gayus lanAristarkhus, wong-wong Makédoniakancané Rasul Paulus. Wong loro maudiglandhang menyang alun-alun.30Rasul Paulus dhéwé uga arep mrono,nanging dipenggak déning para sedulurKristen ing kono.31Para penggedhéné kutha mau, singwis dadi mitrané Rasul Paulus, uga padhamrayogakaké, supaya Rasul Paulus ajamenyang alun-alun.32Kaanané wong akèh mau worsuhbanget; ana sing nguwuh ngéné anasing nguwuh ngono, sebab akèh wongsing ora ngerti, apa sebabé dhèwèkémèlu-mèlu tekan kono.33Ana wong jenengé Alèksander, dikirawong kuwi sing tanggung jawab. Mulasawisé tampa katerangan akèh sakawong-wong mau nuli dikon maju ana ingngarepé wong-wong mau. Alèksandermènèhi sasmita nganggo tangané, arepawèh ketrangan marang wong-wongmau.

KISAH PARA RASUL 19.34–38 13934Nanging bareng weruh yènAlèksander kuwi wong Yahudi, wong-wong mau nuli padha mbengoksambung-sumambung nganti rongjam suwéné: "Kaagungna Dèwi Diana,sesembahanipun tiyang Éfesus!"35Pungkasané sèkretarisé kutha konobisa nentremaké wong-wong akèhmau, tembungé: "Para sedhèrèk, wargakitha Éfesus! Saben tiyang sampunmangertos, bilih kitha Éfesus menikangreksa kuilipun Dèwi Agung Diana,sarta ngreksa séla suci ingkang dhawahsaking langit.36Kula kinten mboten wontentiyang setunggal kémawon ingkangsaged mbantah prekawis menika.Mila panjenengan kula aturi kèndelkémawon lan sampun ngantos tumindakgrusa-grusu.37Panjenengan sami mbekta tiyangmenika mriki, mangka tiyang menikamboten ngrampog barang suci menapa-menapa saking kuil, inggih mbotennyenyamah dhateng Dèwi Agungsesembahan kita.38Menawi Démétrius lan kanca-kancanipun sami gadhah pandakwa

KISAH PARA RASUL 19.39–20.2 140

utawi badhé nggugat salah setunggalingtiyang, kajengipun piyambakipundamel gugatan dhateng pengadilan.Kanggé prekawis-prekawis kadosmekaten, wonten dinten ingkang pancènkacawisaken.39Nanging menawi wonten prekawissanès ingkang kepéngin panjenenganbèrèsaken, menika kedah dipun urusdéning parepataning wakil rakyatingkang sah.40Sebab, menapa ingkang panjenengantindakaken ing dinten menika, sagedkaanggep kados déné pembrontakan.Mangka sejatosipun mboten wontenalesan kanggé damel gègèran kadosmenika."41Sawisé muni mengkono kumpulanéwong akèh mau nuli dibubaraké.

201Sawisè kaanan ing kutha Èfesuspulih tentrem menèh, Rasul

Paulus nuli ngumpulakè pasamuwan ingkono. Sawise mènèhi pitutur akèh-akèhRasul Paulus nuli pamitan, lan nerusakèlakunè menyang kutha Makèdonia.2Rasul Paulus nuli ndlajahi daérah-daérah satanah Makédonia kabèh, karomituturi para sedulur sing padha ana

KISAH PARA RASUL 20.3–7 141

ing kono. Saka Makédonia Rasul Paulusnerusaké lakuné menyang tanah Yunani.3Sawisé ana ing kono telung sasi, RasulPaulus nuli tata-tata arep menyang Siria(ing Asia Cilik), dumadakan krunguyèn wong Yahudi padha sekuthon arepmatèni; mulané Rasul Paulus arep balimetu tanah Makédonia waé.4Lakuné Rasul Paulus mau dikancanidéning Sopater anaké Pirus, wong sakakutha Béréa; Aristarkhus lan Sekundhus,loro-loroné wong saka kutha Tésalonika;Gayus saka kutha Dèrbé; Timotius lanwong loro saka tanah Asia, yakuwiTikhikus lan Trofimus.5Wong-wong mau padha mangkatdhisik, lan arep ngentèni aku kabèh anaing kutha Troas.6Sawisé Riaya Pésta Roti Tanpa Ragiaku padha nunggang prau saka Filipi.Let limang dina aku padha ketemu karopara sedulur mau ana ing kutha Troas.Aku padha ana ing kutha kono lawasénganti seminggu.7 Ing dina kapisanc aku padhangumpul mangan bebarengan. SarèhnéRasul Paulus ésuké arep mangkat,

cdina kapisan: inggih punika dinten Minggu.

KISAH PARA RASUL 20.8–13 142

panjenengané awèh wejangan akèh,nganti tengah wengi.8Ana ing kamar lotèng sing padhadakenggo kumpulan mau ana lampunésawetara.9Sawijining nonoman, jenengéEutikhus, lungguh ana ing jendhéla.Sarèhné Rasul Paulus olèhé mènèhiwejangan ora lèrèn-lèrèn, nonoman mauketuron ana ing jendhéla, pungkasanétiba saka lotèng tingkat telu. Barengdiangkat nonoman mau jebul wis mati.10Rasul Paulus nuli mudhun, ngrungkebinonoman mau, dirangkul karo ngandika:"Aja wedi, bocahé isih urip!"11Sawisé kuwi Rasul Paulus balimenèh menyang lotèng lan manganbebarengan. Sabubaré mangan, RasulPaulus nerusaké wejangané ngantimlethèké srengéngé, banjur lagimangkat.12Wong-wong padha bungah bangetdéné Eutikhus ora sida mati, nuli padhaditeraké mulih.13Aku padha ndhisiki nunggang prausing arep menyang pelabuhan Asos.Ana ing Asos kono Rasul Paulus bakalmèlu bebarengan munggah ing prau.

KISAH PARA RASUL 20.14–18 143

Rasul Paulus akon aku padha mangkatdhisik, jalaran panjenengané olèhé arepmenyang Asos mung tindak.14Bareng wis tekan Asos, Rasul Paulusnuli nunggang kapal; aku banjur padhanerusaké lelayaran menyang kuthaMitiléné.15Saka kana aku padha nunggang praumenèh lan ésuké tekan ngarepé puloKhios. Dina candhaké aku padha tekanpulo Samos, lan let sedina menèh tekanpelabuhan Milétus.16Rasul Paulus wis ngrancang ora arepmampir ing kutha Éfesus, supaya ajakesuwèn ana ing tanah Asia, karebènénggal-énggal tekan Yérusalèm, yènbisa sadurungé Riaya Péntakosta.17Mulané saka ing Milétus konoRasul Paulus kongkonan wong ngabarisedulur-sedulur ing Éfesus, lan akonpara pinituwané pasamuwan teka ingMilétus, supaya bisa ketemu karo RasulPaulus.18Satekané para pinituwa mau, RasulPaulus nuli awèh pitutur mengkéné:"Kowé padha weruh dhéwé enggonkusesrawungan karo kowé salawasé aku

KISAH PARA RASUL 20.19–24 144

ana ing antaramu, wiwit tekaku ana ingtanah Asia.19Enggonku ngladèni ayahané Gustidaktindakaké klawan andhap-asor, lankerep dakréwangi nangis-nangis, sartangalami kasangsaran merga panganiayasing dirancang déning para wong Yahudi.20Senajan mengkono aku ora taunglirwakaké nindakaké apa waé singmaédahi tumrap kowé. Kabèh wisdakkandhakaké lan dakwulangakémarang kowé, ya ana ing ngarepé wongakèh, ya ana ing kumpulan-kumpulaning omah-omahmu.21Wong Yahudi, wong dudu Yahudi,tansah padha dakélingaké, supaya padhamratobat lan padha precaya marangGusti Yésus Kristus.22Saiki, manut dhawuhé Sang RohSuci, aku kudu lunga menyang kuthaYérusalèm. Aku ora ngerti apa sing bakaldakalami ana ing kana.23Sing dakweruhi yakuwi, ing sabenkutha Sang Roh Suci wis ngélingakémarang aku, yèn aku bakal nandhangsangsara rupa-rupa lan bakal dikunjara.24Éwasemono aku ora preduli baburipku, angger aku bisa nerusaké

KISAH PARA RASUL 20.25–30 145

pegawéanku, lan ngrampungakékuwajiban sing diparingaké déning GustiYésus marang aku, yakuwi ngabarakéInjil bab sih-rahmaté Gusti Allah.25Ana ing tengahmu aku wis nyritakakébab Kratoné Gusti Allah. Saiki aku krasa,yèn aku wis ora bakal ketemu menèhkaro kowé kabèh.26Mulané saiki aku kandha satemenémarang kowé; yèn ing antaramuana wong sing kesasar, kuwi dudutanggunganku.27Sebab wis sakatogé enggonkumulang marang kowé bab kersané GustiAllah.28Padha ngreksaa awakmu dhéwé lanwong-wong sing dipasrahaké marangkowé déning Sang Roh Suci. Padhaengonen pasamuwané Gusti Allah,merga wis dilabuhi séda déning Putranépiyambak.29Aku ngerti yèn sapungkurku bakalana asu ajag galak akèh sing padha tekaana ing tengah-tengahmu lan ora bakalngéman marang panthané wedhus mau.30Malah bakal ana mangsané ingantaramu dhéwé ana wong sawetara,

KISAH PARA RASUL 20.31–35 146

sing bakal nylèwèng saka piwulang singbener lan nasaraké pasamuwan.31Mulané dingati-ati, lan padha élingayèn nganti telung taun lawasé enggonkuwis mulang kowé siji-siji, rina wengiora kendhat-kendhat, karo tansahngetokaké luh.32Déné saiki kowé padha dakpasrahakémarang pamengkuné sih-rahmatéGusti Allah. Panjenengané kuwi kwasanyantosakaké kowé lan maringi berkahsing wis disedhiyakaké kanggo paraumaté.33Aku ora tau kepéngin olèh slaka,emas utawa sandhangan, saka sapawaé.34Kowé padha weruh dhéwé enggonkugolèk pangan nganggo tanganku kanggonyukupi kebutuhanku lan kebutuhanékanca-kancaku.35Aku wis nuduhaké marang kowéklawan patrap rupa-rupa, yèn enggonkita nulung marang wong miskin lanwong sing padha kasusahan, kuwi kuduklawan nyambut-gawé abot. Padhaélinga marang pangandikané GustiYésus: ‘Luwih begja wèwèh, tinimbangkaro nampani.’"

KISAH PARA RASUL 20.36–21.3 14736Sawisé rampung olèhé awèh pitutur,Rasul Paulus nuli jèngkèng, bebarengankaro para sedulur kabèh, banjurndedonga.37Wong kabèh padha nangis, banjurngrangkuli Rasul Paulus klawandiambungi bola-bali.38Kabèh padha susah, apa menèhmerga Rasul Paulus kandha, yènwong-wong mau bakal wis ora padhaketemu menèh. Wong-wong mau nulingeteraké Rasul Paulus tekan ing prau.

211Sawisé aku padha pamitan karopara pinituwané pasamuwan

ing kutha Éfesus, prauné nuli mangkatnyabrang menyang pulo Kos. Ésuké akupadha tekan pulo Rodhos. Saka konoaku padha terus layaran menyang kuthaPatara.2 Ing kutha Patara kono ana kapal singarep mangkat menyang tanah Fénisia.Aku padha nunggang kapal mau, nulimangkat.3Aku padha tekan panggonan sing sakakono bisa weruh pulo Siprus. Aku banjurpadha ngidul nganti tekan tanah Siria.Ing kutha Tirus aku padha mudhun,

KISAH PARA RASUL 21.4–8 148

sebab ana ing kutha kono prauné kudubungkar momotané.4 Ing kutha Tirus kono aku padhakepethuk karo sedulur Kristen sawetara,nuli nginep ana ing omahé para sedulurmau, lawasé nganti seminggu. Mergaolèh wangsité Pangéran, para sedulurmau padha mènèhi weruh marang RasulPaulus, supaya aja lunga menyang kuthaYérusalèm.5Nanging bareng wis tekan mangsané,aku banjur padha nerusaké laku. Parasedulur mau kabèh, saanak-bojoné,padha nguntapaké aku tekan sanjabanékutha. Ana ing gisik aku padha jèngkèngndedonga.6Sawisé padha andum slamet, akubanjur padha munggah ing prau, lanpara sedulur mau padha mulih.7Aku padha mbanjuraké laku sakakutha Tirus, menyang kutha Ptolémais.Aku padha tilik para sedulur Kristen singana ing kono, sarta nginep ing konosewengi.8Ésuké nuli mangkat menèh ngantitekan kutha Kaisaréa. Ing kono akupadha nginep ana ing omahé guruInjil, sing aran Filipus. Filipus kuwi

KISAH PARA RASUL 21.9–13 149

panunggalané wong pitu sing biyènditetepaké dadi juru-tulung ana ingkutha Yérusalèm.9Filipus mau duwé anak prawan papat,sing uga padha ngabaraké Injilé GustiAllah.10Sawisé ana ing kono seminggulawasé, nuli ana nabi teka saka Yudéa,jenengé Agabus.11Agabus mau marani aku sakanca, nulinjupuk sabuké Rasul Paulus. Sabuk maudienggo nalèni sikil lan tangané dhéwé,karo muni: "Mengkéné pangandikanéGusti Allah: ‘Wong sing duwé sabuk ikibakal dibanda kaya mengkéné iki anaing kutha Yérusalèm déning wong-wongYahudi, lan wong kuwi bakal dipasrahakémarang bangsa liya.’"12Bareng aku padha krungu singmengkono mau, aku lan para sedulurkabèh nuli padha ngandhani RasulPaulus, supaya mbatalaké enggoné areplunga menyang kutha Yérusalèm.13Nanging Rasul Paulus mangsuli:"Yagéné kowé padha nangis lan ngrimukaku? Aku wis cumadhang ora mungdibanda waé, malah senajan nganti

KISAH PARA RASUL 21.14–20 150

dipatèni pisan ana ing kutha Yérusalèmkrana Gusti Yésus aku lila."14Aku padha ora bisa ngeluk karepéRasul Paulus, mulané aku mung padhasumarah, karo muni: "Muga apa singbakal kelakon kuwi kersané Gusti Allah."15Sawisé ana ing kono sawetaradina, aku banjur padha ngringkesibarang-barangku lan mangkat menyangkutha Yérusalèm.16Ana sedulur Kristen sawetara sakakutha Kaisaréa sing mèlu ngeterakéaku sakanca menyang omahé Manason,sing arep padha dakinepi. Manason kuwiasalé saka pulo Siprus, lan klebu wongKristen sing kawitan.17Nalika aku sakanca tekan kuthaYérusalèm, para sedulur Kristen ing konopadha mbagèkaké klawan bungah.18Ésuké Rasul Paulus karo akukabèh tilik Yakobus. Para pinituwanépasamuwan kabèh uga padha teka.19Rasul Paulus nuli awèh salam, sartanyritakaké apa waé sing ditindakakédéning Gusti Allah ing antarané wongkapir lantaran dhèwèké.20Krungu critané Rasul Paulus singmengkono mau, wong kabèh nuli padha

KISAH PARA RASUL 21.21–24 151

memuji asmané Gusti Allah. Sawisé kuwiwong-wong mau banjur padha kandhamarang Paulus mengkéné: "SedhèrèkPaulus, kula aturi mirengaken aturkula! Ing ngriki wonten pinten-pintenèwu tiyang Yahudi ingkang pitadosdhateng Gusti Yésus, lan ugi sami netepiTorètipun Nabi Musa.21Nanging para sedhèrèk wau mirengkabar bilih Panjenengan wonten ingnegari manca mulang dhateng sedayatiyang Yahudi ingkang wonten ing ngrika,supados mboten sami nurut dhatengTorètipun Nabi Musa, lan mboten saminetaki anak-anakipun, utawi nganut adattata-caranipun tiyang Yahudi.22Sedhèrèk-sedhèrèk wau temtunipuninggih sami mireng bilih panjenenganrawuh. Samenika lajeng kadospundi,menapa ingkang prelu kita tindakaken?23Kula sami mrayogèkaken,panjenengan kersaa nindakakenpanyuwun kula sedaya, mekaten: Ingngriki wonten sedhèrèk sekawan ingkangsami gadhah nadar.24Panjenengan kula aturi sesarengankaliyan sedhèrèk-sedhèrèk menikanindakaken tata-cara sesuci, lan mbayar

KISAH PARA RASUL 21.25–27 152

ragadipun, supados para sedhèrèk wausaged sami nyukur rambutipun. Sranamekaten sageda cetha tumrap tiyangsedaya, bilih menapa ingkang dipunpireng bab panjenengan menika mbotenleres, malah ketitika bilih panjenenganpiyambak inggih netepi Torètipun NabiMusa.25Tumrap tiyang-tiyang sanès Yahudi,kita pancèn sampun kintun serat,ingkang ngewrat putusan kita sedaya,bilih para sedhèrèk wau dipun awisinedha tetedhan ingkang dipun anggésajèn dhateng brahala, nedha rah utawikéwan ingkang pejahipun srana dipuntekak; mekaten ugi sami dipun awisilampah jina."26Ésuké Rasul Paulus nuli ngajakwong papat mau, lan sawisé nindakakésesuci bebarengan, miturut tata-caranéwong Yahudi, banjur padha mlebu ingPedalemané Allah. Ana ing kono padhangumumaké pira lawasé wektu pasucèn,apa déné kurban tumrap wong siji-sijinékang bakal disaosaké.27Ngarepaké genep pitung dina entèkémangsa sesuci mau, ana wong Yahudisawetara saka ing tanah Asia padha

KISAH PARA RASUL 21.28–30 153

weruh Rasul Paulus ana ing PedalemanéAllah. Wong-wong mau nuli ngojok-ojokiwong akèh supaya nyekel Rasul Paulus.28Wong-wong mau padha nguwuh-uwuh mengkéné: "Sedhèrèk-sedhèrèk,tiyang Israèl, nyuwun tulung! Menikatiyangipun, ingkang késah dhatengpundi-pundi memucal, supadostiyang sedaya nglawan bangsaIsraèl lan Torètipun Nabi Musa sartaPedalemanipun Allah menika. Samenikatiyang menika ugi ngajak tiyang-tiyang kapir sami mlebet wonten ingPedalemanipun Allah, lan srana mekatendamel najisipun Pedalemanipun Allah!"29 (Enggoné padha muni mengkonomau merga padha weruh Trofimus, wongÉfesus, ana ing Yérusalèm, bebarengankaro Rasul Paulus. Dikira yèn RasulPaulus sing ngajak Trofimus mau mlebuing Pedalemané Allah.)30Wong sakutha kabèh banjur gègèr,lan kabèh padha kemrubut ngumpul.Rasul Paulus nuli dicekel lan diglandhangmetu saka Pedalemané Allah. LawangéPedalemané Allah nuli énggal-énggalditutup.

KISAH PARA RASUL 21.31–35 15431Bareng wong akèh sing gawé gègèrmau lagi nyoba arep matèni RasulPaulus, komandhané tentara Rumkrungu, yèn sakutha Yérusalèm kabèhlagi brontak.32Sanalika komandhan mau teka,nggawa perwira lan prejurit sawetara lanénggal-énggal nglabrag wong akèh mau.Bareng padha weruh para prejurit lankomandhan teka, wong-wong mau nulipadha lèrèn enggoné nggebugi RasulPaulus.33Komandhan mau marani RasulPaulus, nuli préntah supaya Rasul Paulustangané diranté loro-loroné. Sawisé kuwikomandhan mau banjur takon marangwong-wong sing ana ing kono: "Wongkuwi sapa, lan apa sing ditindakaké?"34 Ing antarané wong akèh mau anasing kandha mengkéné, ana sing kandhamengkono. Sarèhné kisruh banget,nganti komandhan mau ora bisa olèhketrangan sing sanyatané. Mulanébanjur préntah, supaya Rasul Paulusdigawa menyang bètèng.35Bareng tekan undhak-undhakanébètèng, Rasul Paulus kepeksa disunggi,

KISAH PARA RASUL 21.36–40 155

sebab wong-wong sing padha gawérusuh mau ambyuk dhesek-dhesekan.36Karo nguwuh-uwuh: "Wong kuwidipatèni waé!"37Nalika arep digawa mlebu déningpara prejurit ana ing bètèng, RasulPaulus kandha karo komandhanépasukan: "Menapa kula kepareng matursekedhik?" Komandhan mau nuli takon:"Menapa panjenengan ngertos basaYunani?38Menawi mekaten panjenenganmenika sanès tiyang Mesir ingkangdèrèng dangu menika miwitipembrontakan lan mbekta balatiyang kawan èwu dhateng ara-arasamun?"39Wangsulané Rasul Paulus: "Kulamenika tiyang Yahudi dipun lairakenwonten kitha Tarsus, ing tanah Kilikia,warga kitha ingkang kesuwur menika.Kula nyuwun dipun parengakennyukani katerangan sekedhik dhatengtiyang-tiyang menika."40Komandhan mau ngidini lan RasulPaulus nuli ngadeg ana ing undhak-undhakan, mènèhi sasmita nganggotangané. Bareng wong kabèh wis

KISAH PARA RASUL 22.1–4 156

meneng, Rasul Paulus nuli mènèhiketrangan marang wong akèh maunganggo basa Ibrani, mengkéné:

221 "Para bapak lan para sedhèrèksedaya. Kula aturi mirengaken

penjawab kula dhateng panjenengansedaya."2Krungu Rasul Paulus caturan nganggobasa Ibrani mau, wong kabèh sayamundhak antengé. Rasul Paulus nulinerusaké enggoné awèh ketrangan.3 "Kula menika tiyang Yahudi, lair kulawonten ing kitha Tarsus, ing tanahKilikia, lan dipun agengaken wontening kitha Yérusalèm, dados muridipunMahaguru Gamalièl. Kula dipun wulangTorètipun para leluhur kita kalayantliti, lan ngabekti dhateng Gusti Allah,mboten béda kaliyan panjenengansedaya menika. Kula pancèn nglawanpiwulang bab rancanganipun Gusti Allahlumantar Gusti Yésus menika.4Mila tiyang-tiyang ingkang saminganut ‘Piwulang Énggal’ menika kulakuya-kuya ngantos pejah. Tiyang-tiyangwau kula cepeng, jaler èstri, kulalebetaken ing kunjara.

KISAH PARA RASUL 22.5–9 1575 Imam Agung piyambak lan parawarganing Pradata Agami minangkaseksi, bilih kula mboten goroh. Sebabinggih para pengageng menika, ingkangmaringi serat dhateng kula kanggétiyang-tiyang Yahudi ing kitha Damsyik.Menika ateges kula dipun lilani nyepengipara penganutipun ‘Piwulang Énggal’wau, sarta mbekta dhateng kithaYérusalèm, supados sami kaukum."6 "Sareng lampah kula mèh dumugikitha Damsyik, wancinipun tengahdinten, dumadakan wonten cahyaingkang mblerengi, sumorot sakinglangit nlorong kula.7Kula lajeng dhawah ing siti, sartamireng swanten mekaten: ‘Saulus,Saulus! Yagéné kowé nguya-uya marangAku?’8Kula lajeng takèn: ‘Panjenenganmenika sinten Gusti?’ Wangsulanipunswanten wau: ‘Aku iki Yésus wongNasarèt, sing kokkuya-kuya.’9Tiyang-tiyang ingkang samisesarengan kaliyan kula, inggih sumerepcahya wau, nanging mboten mirengswanten ingkang ngandika dhateng kula.

KISAH PARA RASUL 22.10–14 15810Kula pitakèn malih: ‘Gusti! Menapaingkang kedah kula lampahi?’ GustiYésus nunten ngandika: ‘Ngadega, lanlungaa menyang kutha Damsyik. Ana ingkono kowé bakal didhawuhi samubarangsing dikersakaké déning Gusti Allah, lansing kudu koklakoni.’11Cahya ingkang mblerengi waumurugaken kula wuta. Pramila kulalajeng dipun tuntun kanca-kanca kulamlebet dhateng kitha Damsyik.12 Ing ngriku wonten tiyang, namanipunAnanias, tiyang ingkang ngabektidhateng Gusti Allah sarta netepi dhatengTorèt kita. Piyambakipun dipun éringidéning tiyang Yahudi sedaya ingkangwonten ing kitha Damsyik ngriku.13Ananias wau dhateng lan ngadeging sacelak kula, sarta wicanten:‘Sedulur Saulus, kowé bisaa ndelengmenèh.’ Sanalika menika ugi kula sagedsumerep. Kula sumerep piyambakipun,14 lan piyambakipun wicanten dhatengkula mekaten: ‘Allahé para leluhur kitawis milih kowé, supaya kowé ngertimarang kersané, wanuh karo GustiYésus sing nglakoni kersané mau, sarta

KISAH PARA RASUL 22.15–20 159

krungu dhawuhé piyambak marangkowé.15Kowé bakal dadi seksiné, supayanyritakaké marang saben wong, apa singwis kokdeleng lan kokrungu.16Saiki aja mangu-mangu menèh.Ngadega lan njaluka dibaptis supayadosamu dilebur srana nyebut asmanéGusti Yésus.’"17 "Kula lajeng wangsul dhateng kithaYérusalèm, lan nalika kula sawegndedonga wonten ing PedalemanipunAllah, kula pikantuk wahyu.18Wonten ing wahyu wau Gusti Yésusngandika dhateng kula mekaten: ‘Énggallungaa saka kutha Yérusalèm kéné,sebab wong-wong ing kéné ora bakalprecaya marang paseksimu bab Aku.’19Kula lajeng matur: ‘Gusti, tiyang-tiyang menika sami mangertos, bilihkula sampun mlebet ing sinagogé-sinagogé, nyepengi lan nggebagitiyang-tiyang ingkang sami pitadosdhateng Panjenengan.20Mekaten ugi nalika Stéfanus, ingkangsuka paseksi bab Panjenengan dipunbenturi séla, kula piyambak wonten ingngriku lan nyarujuki enggènipun sami

KISAH PARA RASUL 22.21–25 160

mbenturi Stéfanus wau, malah kula njagisandhanganipun tiyang-tiyang ingkangsami mejahi piyambakipun!’21Nanging Gusti Yésus ngandikamalih: ‘Lungaa! Sebab kowé Dakutusnemoni bangsa kapir, sing adoh-adohpanggonané.’"22Tekan semono wong akèh mau padhameneng, ngrungokaké andharané RasulPaulus. Nanging sawisé kuwi wongakèh mau nuli padha bengok-bengoksarosané: "Patènana waé, wong kuwi!Patènana! Ora pantes wong kaya ngonourip!"23Wong akèh mau padha bengok-bengok karo ngebut-ngebutaké jubahélan nyawuraké lebu mendhuwur.24Komandhané para prejurit banjurpréntah marang para prejurité supayaRasul Paulus digawa mlebu ing bètènglan dipriksa nganggo dipilara; supayangerti, apa sebabé wong-wong Yahudikokpadha bengok-bengok lan padhatumindak mengkono marang RasulPaulus.25Nanging kocapa, bareng Rasul Paulusdibanda lan arep dipecuti, kandha karoperwira sing ngadeg ana ing kono: "Apa

KISAH PARA RASUL 22.26–30 161

miturut undhang-undhang kena mecutiwarganing krajan Rum, tanpa diadilidhisik?"26Bareng krungu yèn Rasul Paulus kuwiwarga krajan Rum, perwira mau nulimarani komandhané lan matur: "Pak,panjenengan menika kadospundi! Tiyangmenika jebul warganing krajan Rum!"27Komandhané mau nuli maraniRasul Paulus lan takon: "Menapa èstupanjenengan menika warganing krajanRum?" Wangsulané Rasul Paulus:"Kesinggihan."28Komandhan mau nuli kandha: "Kulapikantuk wewenang dados warganingkrajan Rum srana mbayar kathah!"Wangsulané Rasul Paulus: "Nangingkula dados warganing krajan Rum,adhedhasar kelairan kula."29Sanalika kuwi uga para prejurit singarep padha mriksa Rasul Paulus nulipadha mundur, lan komandhané dhéwébareng ngerti yèn Rasul Paulus kuwiwarganing krajan Rum, uga banjur wedi,sebab dhèwèké wis akon ngranté RasulPaulus.30Sarèhné komandhan mau kepénginngerti, apa satemené alasané

KISAH PARA RASUL 23.1–4 162

wong-wong Yahudi mau kokpadhanggugat marang Rasul Paulus, mulanékomandhan mau ésuké nuli ngumpulakéPradataning Agama, sarta nguculiranténé Rasul Paulus lan ngirid menyangngarepané Pradata Agama mau.

231Rasul Paulus mandeng marangpara warganing Pradata Agama

nuli muni mengkéné: "Para sedhèrèkkula sedaya! Tumrap gesang kula, kulasaged ngaturi pirsa, bilih dumugi dintenmenika manah kula resik wonten ingngarsanipun Gusti Allah."2Dumadakan Imam Agung Ananiasndhawuhi wong-wong sing padha anaing sacedhaké Rasul Paulus, supayanapuk tutuké.3Nuli dijawab déning Rasul Paulus:"Gusti Allah mesthi badhé napukpanjenengan. Panjenengan menikatémbok kalabur pethak! Panjenenganlenggah wonten ing ngriku badhé ngadilikula manut Torèt, nanging panjenenganpiyambak akèn tiyang napuk kula,menika nerak Torèt."4Wong-wong sing ana ing sacedhakéRasul Paulus padha muni: "Panjenengan

KISAH PARA RASUL 23.5–8 163

nyenyamah dhateng Imam AgungipunPangéran!"5Wangsulané Rasul Paulus: "Nyuwunngapunten, para sedhèrèk. Kula kintenpanjenenganipun menika sanès ImamAgung, sebab kula ngertos, bilih ingKitab Suci wonten seratan: ‘Kowé ajangunèk-unèkaké para pemimpinmu!’"6Bareng Rasul Paulus pirsa, yènsapéranganing warganing PradataAgama sing ana ing kono kuwiwong-wong Saduki lan sapéranganmenèh wong-wong Farisi, Rasul Paulusbanjur kandha marang Pradata Agamamengkéné: "Para sedhèrèk, kula menikatiyang Farisi, mekaten ugi bapak kulainggih tiyang Farisi. Kula samenikadipun adili wonten ing ngriki, margikula pitados bilih tiyang pejah menikambénjing katangèkaken."7Sanalika iku uga wong Farisi lan wongSaduki padha wiwit bebantahan, ngantiparepatan mau pisah dadi loro.8 (Sebab wong-wong Saduki kuwiprecaya, yèn wong mati ora bakalkatangèkaké menèh, semono uga yènmalaékat lan roh kuwi ora ana, nanging

KISAH PARA RASUL 23.9–12 164

wong Farisi padha precaya marangtelu-teluné.)9Wong-wong mau padha patingbrengok, saya suwé saya seru. Ana wongFarisi ahli Torèt sawetara sing padhangadeg lan muni mengkéné: "Tiyangmenika mboten lepat menapa-menapa!Saged ugi pancèn wonten saèstu rohutawi malaékat, ingkang ngandikadhateng piyambakipun!"10Enggoné bebantahan kuwi sakingraméné, nganti komandhané paraprejurit mau kuwatir, yèn Rasul Pauluspadha dikrubut. Komandhan mau nulindhawuhi para prejurité, supaya RasulPaulus digawa lunga saka ing parepatanmau, lan dilebokaké menèh menyangbètèng.11Benginé Gusti Yésus jumeneng anaing sandhingé Rasul Paulus lan ngandika:"Atimu sing tatag! Kowé wis neksèni Akuana ing kutha Yérusalèm, mengkono ugakowé bakal dadi seksi-Ku ana ing kuthaRum."12Ésuké ana wong Yahudi sawetarasing padha gawé komplotan arepmatèni Rasul Paulus. Wong-wong maupadha sumpah, ora arep mangan utawa

KISAH PARA RASUL 23.13–17 165

ngombé, yèn durung matèni RasulPaulus.13Sing padha gawé komplotanmengkono kuwi wong patang puluhluwih.14Wong-wong mau padha nemoniImam Agung lan para pinituwa, sartamatur: "Kula sampun sami sumpahsesarengan, mboten badhé nedha utawingombé menapa kémawon, menawidèrèng mejahi Paulus.15Pramila panjenengan lan parawarganing Pradata Agami kula aturikintun serat dhateng komandhanRum, nyuwun supados Paulus dipunsowanaken dhateng panjenengan;kados-kados panjenengan badhé mriksaprekawisipun ingkang langkung tlitimalih. Déné kula sami badhé nyegat lanmejahi Paulus wau sadèrèngipun dumugiing ngriki."16Nanging kocapa, kabar babpirembugan mau keprungu déningnonoman ponakané Rasul Paulus.Nonoman mau nuli mlebu ing bètèng lanmènèhi weruh marang Rasul Paulus.17Rasul Paulus nuli ngundangperwira siji, dikandhani mengkéné:

KISAH PARA RASUL 23.18–21 166

"Nyuwun tulung, kersaa nyowanakennènèman menika dhateng bapakkomandhan, sebab wonten prekawisingkang badhé dipun aturaken dhatengpanjenenganipun."18Perwira mau nuli nggawa nonomanmau disowanaké marang komandhankaro matur: "Paulus, tiyang tahananmenika ngundang kula, nyuwun tulungnyowanaken nènèman menika wontening ngarsa panjenengan, sebab wontenpawartos ingkang badhé dipun aturakendhateng panjenengan."19Komandhan mau nuli nggandhèngnonoman mau dhèwèkan, nuli ditakoni:"Apa sing arep kokaturaké marang aku?"20Wangsulané nonoman mau: "Tiyang-tiyang Yahudi sami ngawontenakenkomplotan, badhé nyuwun supadospanjenengan mbénjing-énjing mbektaRasul Paulus dhateng PradataningAgami, ingkang éthok-éthok badhé nitipriksa prekawisipun malih langkung tliti.21Nanging panjenengan sampunngantos pitados, sebab wonten tiyangkawan dasa langkung, ingkang sampunsiyaga badhé nyegat Rasul Paulus,malah sami sumpah, mboten badhé sami

KISAH PARA RASUL 23.22–26 167

nedha utawi ngombé menawi dèrèngmejahi Rasul Paulus. Rancangan menikasampun mateng, kantun ngentosiwangsulan saking panjenengan."22Komandhan mau banjur kandha:"Kowé aja kandha karo sapa-sapa, yènkowé wis lapur marang aku." Nonomanmau nuli dikon mulih.23Komandhan mau nuli ngundangperwirané loro, padha didhawuhimengkéné: "Sedhiyakna prejurit rongatus, lan prejurit jaranan pitung puluh,tuwin prejurit sing sikep tumbak rongatus. Prejurit-prejurit mau mengkobengi jam sanga, kudu padha mangkatmenyang kutha Kaisaréa.24Sedhiyakna uga jaran tunggangansawetara kanggo Paulus. Kowé tanggungjawab bab keslametané Paulus ngantitekan ngarsané Gubernur Félix."25Sawisé kuwi komandhan mau banjurnulis layang katur marang GubernurFélix, sing surasané mengkéné:26 "Serat mugi katur ingpanjenenganipun Gubernur Félix.Ingkang minulya! Salam saking KlaudiusLisias.

KISAH PARA RASUL 23.27–30 16827Keparenga kula ngaturi pirsa, bilihnalika tiyang-tiyang Yahudi nyepengtiyang (Saulus) menika, badhé dipunpejahi, kula ngertos, bilih tiyang wauwarganing krajan Rum. Mila nunten kulawilujengaken, srana ngginakaken paraprejurit.28Sarèhné kula badhé mriksa menapasebab-sebabipun déné tiyang-tiyangYahudi wau badhé mejahi Paulus, milatiyang menika kula bekta dhatengPradata Agaminipun tiyang-tiyangYahudi.29Kula mangertos, bilih pandakwanipuntiyang-tiyang wau magepokan kaliyanangger-anggeripun agami Yahudi.Paulus menika mboten nglampahimenapa-menapa, ingkang pantes dipunpatrapi paukuman pejah, utawi dipunkunjara.30Sareng kula angsal pawartos,bilih tiyang-tiyang Yahudi sami damelkomplotan badhé mejahi piyambakipun,kula nunten ngintun tiyang menikadhateng panjenengan, lan nyukanisumerep dhateng para tiyang ingkangsami nggugat dhateng Paulus, supadosngajengaken gugatanipun dhateng

KISAH PARA RASUL 23.31–24.1 169

panjenengan. Cekap semanten aturkula. Saking kula Klaudius Lisias."31Para prejurit nuli nglakoni apasing dipréntahaké, lan bengi kuwiuga nggawa Rasul Paulus tekan kuthaAntipatris.32Ésuké para prejurit sing mlakudharat padha bali menyang bètèngmenèh, nanging para prejurit singnunggang jaran padha nerusaké lakunébebarengan karo Rasul Paulus.33Satekané ing Kaisaréa nulimasrahaké Rasul Paulus maranggubernur, bebarengan karo layang sakaKlaudius Lisias, komandhané.34Sawisé gubernur maca layang maunuli nakoni Rasul Paulus, saka ngendiasalé. Bareng weruh yèn Paulus kuwiasalé saka Kilikia,35gubernur mau nuli ngandika: "Olèhkuarep mriksa prekaramu, yèn wong-wongsing nggugat kowé wis padha teka."Gubernur nuli dhawuh supaya RasulPaulus ditahan ana ing kedhatoné SangPrabu Hérodès.

241Bareng wis limang dina, ImamAgung Ananias teka bareng karo

para pinituwané bangsa Yahudi lan

KISAH PARA RASUL 24.2–5 170

pokrol, jenengé Tertulus, saka Kaisaréa.Wong-wong mau padha sowan marangGubernur Félix lan ngaturaké gugatané.2Bareng Rasul Paulus wis ngadhep,pokrol Tertulus banjur ngaturakégugatané mengkéné: "Bapak gubernuringkang minulya! Pangrèh panjenenganingkang saèstu wicaksana sampunndhatengaken karaharjan dhatengnegari kawula; semanten ugi sampunkathah kemajengan-kemajenganipun.3Wonten ing pundi kémawon kawulatansah mboten sami kesupèn ngaosiprekawis menika, sarta matur nuwunsanget dhateng panjenengan.4Supados mboten kekathahen mbucalwekdal panjenengan, keparenga kulangaturaken gugatan kawula ingkangcekak, wonten ing ngarsa panjenengan,mekaten:5 ‘Kula sami ngyektosi, bilih tiyangmenika nuwuhaken karuwedaningkang mbebayani. Piyambakipundamelipun ngojok-ojoki tiyang kathahkapurih damel gègèr wonten ingantawisipun tiyang Yahudi lan wontening pundi-pundi. Tiyang menika dadospemimpinipun tiyang Kristen.

KISAH PARA RASUL 24.6–10 1716Piyambakipun sampun damel najisipunPedalemanipun Allah, mila lajeng samikula cepeng. [Kawula sami ngrancangbadhé ngadili piyambakipun manutTorètipun bangsa kawula.7Nanging komandhan Lisias ngrebattiyang menika saking tangan kawulasedaya,8 sarta dhawuh supados gugatan-gugatan tumrap tiyang menika kaaturnadhateng panjenengan.] Menawipanjenengan dangu, temtu panjenenganbadhé pirsa saking tiyang menikapiyambak, bilih sedaya gugatan kawulamenika leres.’"9Wong-wong Yahudi sing padha anaing kono uga padha mèlu-mèlu nggugatPaulus, ringkesé mènèhi paseksi, yèngugatané Tertulus mau kabèh bener.10Gubernur nuli ngidini Rasul Paulusmangsuli gugatan-gugatan mau. RasulPaulus nuli matur mengkéné: "Bapakgubernur ingkang minulya. Kawulamangertos, bilih panjenengan sampunmataun-taun ngasta hakim wonten ingngriki, mila kalayan legawaning manahkawula badhé ngaturaken penjawab

KISAH PARA RASUL 24.11–14 172

tumrap gugatan-gugatan menika,wonten ing ngarsa panjenengan.11Panjenengan saged nitipriksapiyambak, bilih dhateng kawula wontening kitha Yérusalèm saperlu sembahyangmenika saweg kalihwelas dinten.12Tiyang-tiyang Yahudi menika dèrèngnaté sami mergoki kawula bebantahankaliyan sintena kémawon wonten ingPedalemanipun Allah, utawi ngojok-ojokitiyang kapurih brontak, dadosa wontening sinagogé-sinagogé, dadosa wontening papan pundi kémawon ing kithangriku.13Tiyang-tiyang menika sami mbotensaged nedahaken bukti-bukti tumrappandakwanipun.14Kawula ngakeni ing ngarsapanjenengan, bilih kawula menikapitados dhateng Gusti Allah, ingkangdipun bektèni déning para leluhurkawula, srana nganut ‘Piwulang Énggal’,ingkang sami dipun anggep lepat déningtiyang Yahudi. Nanging kawula inggihpitados dhateng sedaya ingkang kaseratwonten ing Torètipun Nabi Musa, tuwining kitab-kitabipun para nabi.

KISAH PARA RASUL 24.15–19 17315Mboten béda kaliyan tiyang-tiyangmenika, kawula inggih pitados dhatengGusti Allah, ingkang prejanji, bilih sedayatiyang mbénjing badhé katangèkakensaking pejah, inggih tiyang mursid,inggih tiyang awon!16Pramila kawula ngudi sasaged-saged kawula, supados manahkawula salaminipun resik wonten ingngarsanipun Gusti Allah tuwin ingngajengipun manungsa.17Sasampunipun kepara dangu kawulamboten wonten ing kitha Yérusalèm,kawula mrika kaliyan mbekta sumbangankanggé bangsa kawula, ngiras badhényaosaken kurban.18 Inggih nalika kawula ngleresinindakaken prekawis-prekawismenika, sasampunipun nindakakenupacara sesuci, tiyang-tiyang menikasami sumerep kawula wonten ingPedalemanipun Allah. Wonten ingngriku mboten wonten reresah menapa-menapa, malah nalika semanten ingngriku mboten wonten tiyang kathahingkang sesarengan kaliyan kawula.19Kejawi tiyang Yahudi sawetawissaking tanah Asia. Malah sejatosipun

KISAH PARA RASUL 24.20–24 174

inggih tiyang-tiyang menika ingkangmesthinipun ngadhep ing ngarsapanjenengan, semanten wau menawitiyang-tiyang menika saèstu gadhahalesan kanggé nggugat kawula.20Utawi kajengipun tiyang-tiyangmenika mratélakaken kalepatan menapaingkang pinanggih wonten ing kawula,nalika kawula dipun gugat wonten ingngajengipun Pradataning Agami.21Kejawi jalaran saprekawis, inggihmenika margi kawula mungel: ‘Kuladipun adili margi enggèn kula pitados,bilih tiyang pejah badhé katangèkakenmalih.’"22Gubernur Félix, sing akèh kawruhébab piwulang Kristen, nutup parepatanmau karo ngandika: "Prekara iki bakaldakputus, samangsa komandhan Lisiaswis ana kéné."23Félix nuli dhawuh marang perwirasing lagi tugas, supaya Rasul Paulusdijaga, karo diwènèhi kamerdikansawetara, sarta ngidini para mitranényukupi kebutuhané.24Let sawetara dina Gubernur Félix tekakaro garwané, Drusila, wanita Yahudi,Félix dhawuh nimbali Rasul Paulus. Rasul

KISAH PARA RASUL 24.25–25.2 175

Paulus nyritakaké bab kaprecayanémarang Gusti Yésus.25Nanging bareng Rasul Paulusmbacutaké sesorahé bab kelakuanlan bab panyegahé hawa-nepsu sartapengadilan ing akir jaman, Félix banjurwedi sarta muni: "Wis mundura. Yèn anawektu kowé daktimbali menèh."26Sing mengkono kuwi merga Félixngarep-arep, supaya olèh dhuwitsogokan saka Rasul Paulus. Kuwi sebabéRasul Paulus kerep ditimbali lan diajakomong-omongan.27Sawisé rong taun, Gubernur Félix nulidiganti déning Gubernur Pèrkius Féstus.Sarèhné kepéngin olèh atiné wongYahudi mulané Rasul Paulus ditahanterus ana ing pakunjaran.

251Satekané Gubernur Féstus anaing wilayah kono, let telung dina

panjenengané banjur mangkat sakaKaisaréa menyang kutha Yérusalèm.2Ana ing kana para pengareping imamsarta pinituwané bangsa Yahudi padhangajokaké gugatan-gugatané tumrapRasul Paulus. Wong-wong mau padhanjaluk sih-kamirahané Gubernur Féstus,

KISAH PARA RASUL 25.3–8 1763 supaya marengaké Rasul Paulusdigawa menyang kutha Yérusalèm;mangka karepé satemené merga areppadha nyegat lan matèni ana ing dalan.4Nanging Gubernur Féstus mangsuli:"Paulus rak ditahan ana ing kuthaKaisaréa, lan aku dhéwé uga bakal balimrana.5Beciké para pinituwamu padhabebarengan karo aku menyang Kaisaréa,lan ana ing kana ngajokna gugatan babkeluputané."6Féstus ana ing kutha Yérusalèmlawasé wolu tekan sepuluh dina. Sawisékuwi Féstus banjur bali menyang kuthaKaisaréa. Ésuké Féstus lungguh ana ingbangsal pengadilan lan dhawuh supayaRasul Paulus digawa ngadhep.7Bareng Rasul Paulus mlebu ingbangsal pengadilan, wong-wong Yahudising padha teka saka kutha Yérusalèm,padha ngadeg ngrubung Rasul Paulusmau, sarta padha ngajokaké pandakwa-pandakwa sing hébat banget, nangingora ana siji waé sing nganggo bukti.8Kosokbaliné Rasul Paulus ngaturaképenjawab mengkéné: "Kula mbotengadhah kalepatan tumrap Torètipun Nabi

KISAH PARA RASUL 25.9–12 177

Musa, utawi tumraping PedalemanipunAllah, utawi tumrap Kaisar ing Rum."9Sarèhné Gubernur Féstus kepénginolèh atiné wong Yahudi, mula banjurpitakon marang Rasul Paulus: "Apa kowégelem digawa menyang Yérusalèm landakadili ana ing kana?"10Nanging Rasul Paulus mangsuli:"Kawula ngadeg wonten ing ngrikimenika wonten ing ngarsanipunpengadilaning pepréntahan Rum, milakula inggih nyuwun dipun adili wontening ngriki. Panjenengan piyambak pirsa,bilih kawula mboten gadhah kalepatandhateng tiyang Yahudi.11Menawi kawula nerak angger-anggerlan nglampahi prekawis ingkang panteskaukum pejah, kawula rila pejah.Nanging menawi gugatan-gugatanmenika mboten leres, temtu mbotenwonten tiyang ingkang wenangmasrahaken kawula dhateng tiyang-tiyang Yahudi wau. Kawula nyuwunprekawis kawula kainggahaken dhatengpengadilanipun Kaisar Rum!"12Sawisé Gubernur Féstus rembugankaro para penasehaté, banjur mangsuli:"Sarèhné kowé nyuwun supaya

KISAH PARA RASUL 25.13–17 178

prekaramu kaunggahaké marangpengadilané Kaisar Rum, kowé sowanamarang Kaisar Rum."13Ora antara suwé Sang Prabu Agripalan Bèrniké rawuh ana ing kuthaKaisaréa, minangka pakurmatan marangGubernur Féstus.14Sawisé ana ing kono telung dinalawasé, Féstus nuli nyritakaké prekaranéRasul Paulus marang Sang Prabu Agripa,tembungé: "Ing ngriki wonten tiyangtahanan, tilaranipun Félix.15Nalika kawula wonten ing kithaYérusalèm, para pengagenging imamsarta para pinisepuhipun bangsa Yahudisami ngajengaken gugatan-gugatan, lansami nyuwun supados kawula ngadilipiyambakipun.16Nanging tiyang-tiyang wau samikawula wangsuli, bilih sanès caranipuntiyang Rum nampèni pandakwa, menawitiyang wau dèrèng dipun purih aben-ajeng kaliyan ingkang ndakwa, sartaangsal wewengan nyukani penjawab.17Sareng para ingkang sami nggugatdhateng, tanpa mbucal wekdal, kawulaénjingipun lajeng sampun wontening bangsal pengadilan, sarta sedaya

KISAH PARA RASUL 25.18–21 179

tiyang ingkang sami nggugat wau samingadhep.18Tiyang-tiyang ingkang nggugatpancèn lajeng sami ngajengakengugatanipun, nanging gugatan-gugatanwau mboten wonten ingkang magepokankaliyan pendamel awon, kados ingkangkula kinten.19 Ingkang dipun ajengaken namungprekawis-prekawis ingkang magepokankaliyan agaminipun tiyang Yahudipiyambak, lan bab tiyang ingkangsampun pejah, nama Yésus, ingkangmiturut Paulus, dumugi samenika taksihgesang.20Sarèhné kula kèwedan badhé mriksaPaulus, mila kula lajeng takèn dhatengpiyambakipun, menapa purun kabektadhateng kitha Yérusalèm, sarta dipunadili wonten ing ngrika.21Nanging Paulus nyuwun supadosprekawisipun kainggahaken dhatengpengadilanipun Kaisar krajan Rum, sartanyuwun supados kawilujenganipun dipunjagi ngantos prekawisipun dipun adilidéning Kaisar. Mila kula inggih nyukanipréntah supados Paulus dipun jagi,

KISAH PARA RASUL 25.22–25 180

ngantos dumugi wekdalipun ngintunpiyambakipun dhateng Kaisar."22Sang Prabu Agripa nuli ngandikamarang Gubernur Féstus: "Kula inggihkepéngin mireng saking tiyang menikapiyambak." Wangsulané Féstus:"Mbénjing-énjing panjenengan sagedmirengaken."23Ésuké, Sang Prabu Agripa lanBèrniké padha teka ana ing bangsalpengadilan nganggo upacara keprabon,kadhèrèkaké déning para komandhanélan para penggedhé liya-liyané ing kuthakono. Gubernur Féstus dhawuh ngiridRasul Paulus, didhawuhi ngadhep.24Gubernur Féstus nuli ngandika:"Sang Prabu Agripa, tuwin para sedhèrèksedaya ingkang wonten ing ngriki.Menika tiyangipun ingkang sami dipungugat déning tiyang-tiyang Yahudi ingYérusalèm, mekaten ugi ing ngriki.Tiyang-tiyang Yahudi menika saminguwuh-uwuh supados Paulus menikakapejahan kémawon.25Nanging kula mboten manggihakenkalepatan menapa-menapa, ingkangpantes kaukum mawi ukuman pejah.Lan sarèhné piyambakipun piyambak

KISAH PARA RASUL 25.26–26.2 181

nyuwun prekawisipun kainggahakendhateng pengadilanipun Kaisar Rum,kula inggih lajeng badhé ngintunpiyambakipun dhateng kitha Rum.26Nanging kula dèrèng gadhahketrangan ingkang maton, ingkangsaged kula anggé dhasar kintun seratdhateng Kaisar. Mila kula samenikambekta tiyang menika wonten ingngarsa panjenengan sedaya, lan ingkangrumiyin dhateng panjenenganipun SangPrabu Agripa, supados sasampunipunpriksa prekawisipun, kersaa paringwawasan ingkang saged kula anggédhasar nyerat serat wau.27Sebab kula kinten mbotensamesthinipun kula ngintun tiyangtahanan tanpa dipun kanthèni gugatan-gugatanipun."

261Sang Prabu Agripa ngandikamarang Rasul Paulus: "Kowé kena

ngaturaké penjawabmu." Rasul Paulusnuli mènèhi sasmita srana tangané, nulimatur mengkéné:2 "Ingkang minulya, Sang Prabu Agripa,kawula rumaos begja dipun parengakenngaturaken penjawab tumrap sedaya

KISAH PARA RASUL 26.3–7 182

pandakwanipun tiyang Yahudi, wontening ngarsanipun Sang Prabu,3 langkung-langkung margi kulamangertos bilih Sang Prabu menikapaham sanget dhateng adat tatacaranipun bangsa Yahudi. Awit sakingmenika kawula nyuwun kanthi sangetkersaa Sang Prabu midhangetaken aturkawula kalayan sabar.4Tiyang Yahudi sedaya sami mangertosmenggah gesang kawula wiwit kawulataksih laré, wonten ing negari kawulapiyambak, ing kitha Yérusalèm.5Mekaten ugi tiyang-tiyang menikasami sumerep menawi sami purun dadosseksi, bilih wiwit-wiwitan mila kawuladados penganutipun agami ingkangtegen, inggih menika golongan Farisi.6Lan samenika kawula ngadeg wontening ngarsanipun Sang Prabu ingngriki, margi kawula pitados dhatengprejanjinipun Gusti Allah dhateng paraleluhur kita.7 Ingkang kelampahanipun prejanjianwau ugi dipun antos-antos déningtaleripun bangsa Israèl kalihwelas.Inggih jalaran menika para leluhur wausami ngabekti dhateng Gusti Allah rinten

KISAH PARA RASUL 26.8–11 183

lan ndalu. Inggih margi kapitadosankawula menika, Sang Prabu, kawuladipun dakwa déning tiyang-tiyangYahudi.8Menapa sebabipun déné tiyang-tiyangYahudi mboten sami pitados, bilih GustiAllah nangèkaken tiyang pejah?9Kala rumiyin kawula piyambak gadhahpemanggih, bilih kawula kedah nglawandhateng pawartos Injil bab Gusti Yésussaking Nasarèt menika.10Panglawan menika kawula tindakakenwonten ing kitha Yérusalèm. Kawulanyuwun serat kwaos dhateng parapengajenging imam, kanggé nglebetakenumatipun Gusti Allah ingkang kathahdhateng pakunjaran. Lan menawi wontentiyang ingkang kadhawahan paukumanpejah, kawula tumut nyarujuki.11Asring kawula nyiksa tiyang-tiyangKristen menika wonten ing sinagogé-sinagogé lan mbudidaya supadostiyang-tiyang menika sami nyélakikapitadosanipun. Saking bentèringmanah, kawula ngantos késah ugidhateng kitha-kitha ing sanès negari,supados saged nguya-uya tiyang-tiyangmenika."

KISAH PARA RASUL 26.12–16 18412 "Inggih kanggé kapreluan menikakawula késah dhateng kitha Damsyik,kaliyan mbekta serat kwaos saking parapengajenging imam.13Nalika kawula ngleresi wonten ingmergi dhateng kitha Damsyik wau,wetawis tengah dinten, dumadakanwonten cahya, ingkang padhangipunngungkuli padhangipun surya, cumlèrètsaking langit, nglimputi kawula lan paratiyang ingkang dados kanthi kawula.14Kawula sakanca sami dhawah ingsiti, kawula lajeng mireng swantenngandika dhateng kawula mawi basaIbrani: ‘Saulus, Saulus, yagéné kowékoknguya-uya Aku? Srana panglawanmukuwi kowé natoni awakmu dhéwé, kayasapi sing nyépak-nyépak palanging luku.’15Kawula lajeng nyuwun pirsa:‘Panjenengan menika sinten, Gusti?’Pangandikanipun Gusti: ‘Aku iki Yésus,sing kokkuya-kuya.16Tangia lan ngadega! Enggon-Kungetingal marang kowé kuwi, merga Akunetepaké kowé dadi abdi-Ku. Kowé bakaldadi seksi tumrap wong liyané, yèn kowéing dina iki wis ndeleng Aku, lan uga

KISAH PARA RASUL 26.17–20 185

prekara-prekara liyané, sing mbésukbakal Daktuduhaké marang kowé.17Kowé bakal Daksengker saka bangsaIsraèl lan saka bangsa-bangsa liyané,lan Dakutus marani bangsa-bangsa mau.18Kowé bakal ngelèkaké mripaté, sartanuntun wong-wong kuwi saka pepetengmarani pepadhang, supaya wong-wongmau uwal saka pangwasané Iblis marangpangwasané Gusti Allah. Merga precayamarang Aku, dosa-dosané wong mauolèh pangapura lan padha dadi umatpilihané Gusti Allah.’"19 "Sang Prabu Agripa ingkang minulya,margi saking menika kawula lajengngèstokaken dhawuhing wahyu, ingkangsampun kawula tampi saking swargawau.20 Ingkang rumiyin piyambak kawulawonten ing kitha Damsyik, saking ngrikulajeng dhateng kitha Yérusalèm, lajengdhateng tanah Yudéa sedaya, saha ugidhateng tiyang-tiyang kapir. Tiyang-tiyang wau sami kawula atag-atagsupados sami mratobat, sarta wangsuldhateng Gusti Allah, sarta sami nindaknapendamel-pendamel ingkang nélakakenpamratobatipun.

KISAH PARA RASUL 26.21–24 18621 Inggih margi enggèn kawulatumindak mekaten menika, murugakentiyang-tiyang Yahudi sami nyepengkawula, nalika kawula wonten ingPedalemanipun Allah. Tiyang-tiyang wausami ngangkah mejahi kawula.22Nanging ngantos sepriki kawula dipunayomi déning Pangéran, lan samenikakawula ngadeg wonten ing ngriki,ngaturaken paseksi kawula dhatengsedaya tiyang, ingkang ageng menapadéné ingkang alit, menapa ingkangkawula cariyosaken menika sami kaliyaningkang sampun kaweca déning paranabi lan déning Nabi Musa.23 Inggih menika, bilih Sang Kristusingkang kajanjèkaken badhé rawuhmenika, kedah nandhang sangsara, landados tiyang ingkang kawitan wungusaking séda, supados Panjenenganipunmartosaken kawilujengan dhateng tiyangYahudi lan dhateng tiyang sanès Yahudi;inggih kawilujengan ingkang minangkapepadhang wonten ing gesangipunmanungsa."24Nalika Rasul Paulus ngaturaképenjawabé kaya mengkono mau,Gubernur Féstus banjur ngandika klawan

KISAH PARA RASUL 26.25–29 187

sora: "Hé Paulus, kowé saiki wis édan!Kawruhmu sing akèh kuwi marakakékowé édan!"25Nanging Rasul Paulus mangsuli:"Kawula mboten éwah, Bapak Gubernur!Tembung kawula sedaya menika leressarta kula saras saèstu.26Mekaten ugi panjenengan, SangPrabu Agripa, kawula kumawani maturwonten ing ngarsanipun Sang Prabu,sebab kawula mangertos bilih SangPrabu nguningani prekawis-prekawismenika sedaya, jalaran sedaya prekawiswau kedadosanipun mboten wonten ingpandhelikan.27Sang Prabu menapa pitados dhatengmenapa ingkang kaserat déning nabi-nabi menika? Kawula mangertos, bilihSang Prabu pitados!"28Wangsulané Sang Prabu Agripa:"Apa kokkira aku sedhéla waé wis bisakokdadèkaké wong Kristen?"29Wangsulané Rasul Paulus: "Panyuwunkawula dhateng Gusti Allah, mugisekedhap malih menapa dangupanjenengan lan sedaya tiyang ingkangsami mirengaken kawula ing dintenmenika saged dados kados déné kawula,

KISAH PARA RASUL 26.30–27.2 188

kejawi enggèn kawula dipun rantémenika."30Sawisé Rasul Paulus mengkono, SangPrabu lan Gubernur, tuwin Bèrniké lanwong kabèh padha ngadeg.31Bareng wis padha ana ing jabawong-wong mau padha rasanan: "Wongiki ora duwé keluputan sing panteskapatrapan paukuman pati utawadikunjara."32Sang Prabu Agripa nglajengakéngendikané marang Gubernur Féstus:"Leresipun tiyang menika sampunsaged kaluwaran, menawi piyambakipunmboten nyuwun supados prekawisipunkainggahaken dhateng Kaisar ing Rum."

271Sawisé ditetepaké yèn akukabèh kudu padha mangkat

menyang tanah Italia, Rasul Pauluslan wong tahanan sawetara liyané nulidipasrahaké marang Yulius, perwiratentara Rum, sing karan ‘RésimènKaisar’.2Aku padha nunggang kapal, sakapelabuhan Adramitium, arep mangkatmenyang pelabuhan-pelabuhaning tanah Asia. Aristarkhus, wongMakédonia, sing tekané saka kutha

KISAH PARA RASUL 27.3–7 189

Tésalonika, uga bareng karo akusakanca.3Ésuké aku padha tekan ing kuthaSidon. Perwira Yulius tangkepé marangRasul Paulus apik banget. Yulius nglilaniRasul Paulus nuwèni para mitrané lannampani pawèwèh kanggo nyukupikebutuhané.4Saka kono aku padha nerusakélelayaran. Sarèhné anginé nampek,enggonku padha lelayaran mau kepeksamlipir sauruté pesisiré pulo Siprus, singora keterak angin.5Enggonku padha nyabrang segarametu tanah Kilikia lan Pamfilia, banjurtekan kutha Mira, ing tanah Likia.6Ana ing kono perwira mau olèh kapal,sing teka saka kutha Alèksandria, lanarep lelayaran menyang tanah Italia.Aku kabèh nuli dipindhah ana ing kapalmau.7Nganti sawetara dina enggonkulelayaran, presasat ora maju-maju.Wusana klawan rekasa aku padha bisatekan kutha Knidhus. Merga anginégedhé banget, kita kepeksa metu sisihkidulé pulo Kréta, ngliwati TanjungSalmoné.

KISAH PARA RASUL 27.8–12 1908Tujuné merga kaaling-alingan puloKréta aku padha bisa mlipir, senajanklawan rekasa banget, nganti akiré bisatekan panggonan sing disebut pelabuhan‘Tentrem’, cedhak karo kutha Laséa.9Enggonku padha ana ing pelabuhankono suwé, merga yèn nerusakélelayaran, kaanané mbebayani. Nalikasemana dina Riaya Yahudi Panebusanwis kliwat. Mulané Rasul Paulusmrayogakaké para pengurusé praumengkéné:10 "Bapak-bapak, enggèn kita lelayaranbadhé manggih bebaya kathah. Mbotennamung momotan lan kapal menikaingkang badhé ngalami karisakan ageng,nanging ugi nyawa kita!"11Nanging perwira mau luwih precayamarang juru-mudhi lan wong sing duwéprau ketimbang marang Rasul Paulus.12Pelabuhan ing kono pancèn orakepénak kanggo ngaso ing wektubedhidhing. Mulané para punggawanékapal sapérangan gedhé padha setuju,yèn enggoné lelayaran diterusaké,karepé supaya bisa tekan pelabuhanFéniks, yakuwi pelabuhan ing pulo Kréta,sing madhepé Kidul-kulon lan Lor-kulon,

KISAH PARA RASUL 27.13–18 191

dadi cocog kanggo ngaso sasuwénémangsa bedhidhing.13Bareng ana angin sumilir saka ingsisih Kidul, wong kabèh padha ngira yènkuwi wektu sing becik kanggo mangkat.Jangkaré nuli dibedhol lan prauné banjurmlipir cedhak karo pesisiré pulo Kréta.14Dumadakan ana prahara sakadharatan, sing lumrahé disebut angin‘Lor-wétan’,15nempuh prau mau. Sarèhné anginmau ora kena ditanggulangi, kapal maunuli diumbar waé, kéntir.16Aku lagi padha kaaling-alingan,bareng tekan ing sakidulé pulo cilik, singaran pulo Kaudha. Kanthi ngrekasa akupadha bisa nylametaké sekoci kapal.17Sekoci mau diunggahaké ana ingkapal, nuli ditalèni. Kapal kuwi dhéwénuli iya dierut mubeng. Sarèhné padhawedi yèn kapal mau bakal kandhasana ing pasir, ing péranganing pesisirsacedhaké Libia sing banyuné cethèk,mulané layaré kapal nuli digulung, lankapal mau diumbar katempuh ing angin.18Anginé saya suwé saya banter,mulané ésuké momotané kapal nulidibuwangi ana ing segara.

KISAH PARA RASUL 27.19–23 19219Lan ésuké menèh pirantiné kapal ugawiwit dibuwangi, mung nganggo tanganwaé.20Embuh pira lawasé aku padhaora weruh srengéngé, apa menèhlintang-lintang. Anginé wis malih dadiprahara sing nggegirisi. Wusana aku wispadha ora duwé pengarep-arep yèn isihbakal padha slamet.21Sarèhné wong akèh mau wis suwéora padha mangan, Rasul Paulus nulingadeg ana ing tengahé wong-wong maukaro kandha mengkéné: "Para sedhèrèk,menawi rumiyin panjenengan saminggega dhateng atur kula, lan mbotenmangkat saking pulo Kréta, temtu kitamboten badhé nemahi karisakan lankapitunan kados samangké menika.22Nanging samenika panjenenganmboten sisah kuwatos, sebab mbotenwonten tiyang setunggal kémawoningkang badhé tiwas. Namung baitamenika kémawon ingkang mboten badhésaged kaalap.23Sebab kala wau dalu Gusti Allahingkang kula bektèni, sampun ngutusmalaékatipun,

KISAH PARA RASUL 27.24–28 19324 sarta ngandika: ‘Kowé aja wedi,Paulus! Sebab kowé bakal ngadeg anaing ngarepé Kaisar Rum. Lan mergakowé, Gusti Allah sajroné kamirahanébakal paring slamet marang kabèh wongsing bebarengan karo kowé ana ing praukuwi!’25Awit saking mekaten, para sedhèrèkkula aturi sami tatag ing manah, sebabkula pitados, bilih sedaya prekawismenika badhé kelampahan kadosingkang sampun kapangandikakakendéning Gusti Allah.26Kita mangké badhé kandhas wontening salah setunggaling pulo."27Bengi sing kaping patbelas, nalikakita lagi kéntir ana ing segara Adria, kira-kira tengah wengi, para punggawanékapal padha ngira yèn wis cedhak karodharatan.28Banjur padha ngukur jeroné banyunganggo piranti penjajagan. Ketitikjeroné banyu ing kono telung puluh nemsetengah mèter. Ora suwé wong-wongmau padha nguncalaké watu penjajaganmau, lan ketitik yèn jeroné saiki pitulikursetengah mèter.

KISAH PARA RASUL 27.29–33 19429Wong-wong mau padha kuwatir,yèn prauné bakal nabrak watu, mulanébanjur padha ngudhunaké jangkarpapat saka péranganing kapal-kapalsing mburi, lan ngarep-arep supaya gèkendang padhang.30Nanging para punggawané prau maukarepé arep padha ninggal prauné.Sekociné arep diudhunaké ana ingbanyu, nanging éthok-éthok arepngudhunaké jangkar saka péranganingprau sisih ngarep.31Nanging Rasul Paulus kandha karoperwira lan prejurit-prejurit sing ana ingkono, mengkéné: "Menawi punggawakapal menika mboten sami tetep wontening baita, panjenengan sedaya mesthimboten badhé sami wilujeng."32Mulané para prejurit nuli padhangethoki taliné sekoci, nganti sekoci maukejegur ing segara lan kéntir.33Bareng wis padhang, Rasul Paulusbanjur akon wong kabèh supaya padhamangan: "Sampun sekawan welas dintenlaminipun enggèn panjenengan samingantos-antos murih kawilujengaken,tanpa nedha menapa-menapa.

KISAH PARA RASUL 27.34–40 19534Samenika prayoginipun panjenengansami nedha rumiyin, sebab panjenenganmbetahaken kekiyatan, supados mbotensami pejah."35Sawisé mengkono, Rasul Paulusnuli njupuk roti sarta ana ing ngarepéwong akèh mau Rasul Paulus ndedonganyuwun berkah, banjur nyuwil-nyuwilroti mau, lan wiwit dipangan.36Wong-wong mau atiné lejar menèh,sarta wiwit padha gelem mangansethithik.37Cacahé wong sing ana ing kapal konoana rong atus pitung puluh nem.38Sawisé kabèh padha mangan,wong-wong mau nuli padha mbuwangmomotané gandum ana ing segara,supaya prauné dadi ènthèng.39Bareng wis awan, para punggawanékapal nuli padha weruh pesisirésawijining teluk, nanging ora padhangerti kuwi teluk endi. Wong-wong maupadha ngrancang arep ndharat ana ingpesisir kono.40Taliné jangkar nuli dipedhoti,jangkaré ditinggal ing dhasaring segara,semono uga tali sing kanggo nalènikemudhi. Layaré prau sing ngarep

KISAH PARA RASUL 27.41–28.1 196

dipasang, supaya anginé bisa nyurungprau mau menyang pesisir.41Nanging kocapa, prau mau kandhasana ing pasir ing panggonan sing cethèk.Pérangané prau sing ngarep amblesbles, déné pérangan sing mburi remukmerga ditempuh déning ombak singgedhé banget.42Nalika semana para prejurit padhaarep matèni pesakitan kabèh, supaya ajapadha bisa minggat, nglangi menyangdharatan.43Nanging komandhané kepénginnylametaké Rasul Paulus, mulané niyatépara prejurit mau dipenggak. Tumulikomandhan mau awèh préntah, supayasaben wong sing bisa nglangi, padhadikon njegur dhisik nglangi menyangdharatan;44déné wong-wong liyané kudu nusul,ngéntir cekelan blabag-blabag utawapecahan-pecahan kapal. Mengkonodadiné wong kabèh mau padha bisatekan dharatan kanthi slamet.

281Sawisé aku padha tekandharatan kanthi slamet, aku lagi

padha ngerti, yèn pulo kuwi pulo Malta.

KISAH PARA RASUL 28.2–6 1972Wong-wong pribumi ing pulo konotangkepé marang aku kabèh becikbanget. Nalika semana wiwit udan, lanhawané adhem. Mulané wong-wongpribumi mau banjur padha gawébedhiyang, lan aku kabèh padha diajakmrono.3Rasul Paulus uga mèlu ngumpulakékayu-kayu, lan nalika lagi numpangakékayu-kayu mau ana ing ndhuwurgeni, dumadakan ana ula, sing mergapanasing geni, metu saka kayu-kayumau, lan nyokot tangané Rasul Paulus.4Bareng wong pribumi mau padhaweruh ula kuwi kumlawèr gumandhulana ing tangané Rasul Paulus, banjurpadha rerasanan: "Wong kuwi mesthitukang matèni wong, mulané wisditakdiraké kudu mati, senajan dhèwèkéwis oncat saka bebaya ing segara."5Nanging Rasul Paulus ngipatakéula mau, nganti ulané tiba ana ingnjero geni. Rasul Paulus ora krasa larababar-pisan.6Wong-wong mau padha ngira yèntangané Rasul Paulus bakal abuh, landhèwèké bakal tiba dadakan, nuli mati.Nanging bareng wis dientèni suwé ora

KISAH PARA RASUL 28.7–11 198

apa-apa, wong-wong mau nuli padhambalik lan muni: "Wong iki genah déwa!"7Cedhaké kono ana palemahan duwèkéPublius, penggedhéné pulo kono. Publiusmau mbagèkaké aku kabèh klawanbungah, lan aku kabèh banjur padhanginep ana ing omahé, dadi tamunénganti telung dina lawasé.8Nalika semana bapakné Publiuslagi lara panas lan lara mbebuwang.Rasul Paulus banjur mlebu ing kamaréwong sing lara mau, nuli ndedonga lannumpangaké tangané ana ing wongmau, temahan wongé dadi waras.9Weruh lelakon sing mengkono mau,kabèh wong lara ing pulo kono nulipadha digawa menyang panggonanéRasul Paulus, sarta padha diwarasaké.10Aku padha olèh presèn akèh,lan nalika aku arep padha mangkatlelayaran menèh, aku padha disangonibarang-barang kebutuhané wonglelayaran.11Sawisé telung sasi ana ing pulo Maltakono, aku nuli padha nunggang kapalsing teka saka kutha Alèksandria, singnganggo lambang "Dioskuri".d Kapal

dDioskuri: Lintang kembar.

KISAH PARA RASUL 28.12–17 199

kuwi kabèh ana ing kono sasuwénémangsa bedhidhing.12Bareng tekan kutha Surakus, akupadha mampir ana ing kono telung dina.13Saka kono aku padha nerusakélelayaran menyang kutha Régium. Ésukéana angin saka Kidul, lan let rong dinaaku wis padha tekan kutha Putioli.14Ana ing kono aku padha kepethukkaro sedulur Kristen sawetara, banjurdikon nginep ing kono nganti seminggulawasé. Sawisé mengkono, aku padhatekan ing kutha Rum.15Para sedulur ing kutha Rum wispadha krungu kabaré bab aku sakanca.Enggoné methuk aku sakanca tekanPasar Apius lan Très Tarbéné.e BarengRasul Paulus kepethuk para sedulurmau, banjur ngaturaké panuwun marangGusti Allah, sarta nyantosakaké atinépara sedulur mau kabèh.16Bareng aku wis padha tekan ingkutha Rum, Rasul Paulus diparengakémanggon dhéwé, dijaga déning prejuritsiji.17Sawisé telung dina, Rasul Paulus nulingundang para pengarepé wong Yahudi

eTrès Tarbéné: Pesanggrahan telu.

KISAH PARA RASUL 28.18–20 200

ing papan kono. Sawisé padha ngumpul,dikandhani mengkéné: "Para sedhèrèkkula sedaya! Senajan kula mbotenkalepatan menapa-menapa dhatengbangsa kita, utawi nerak adat tata-cara,ingkang kawarisaken déning para leluhurdhateng kita, éwasemanten kula dipuntahan wonten ing kitha Yérusalèm, sartadipun pasrahaken dhateng tiyang Rum.18Sasampunipun tiyang Rum waumriksa prekawis kula, lajeng nedyabadhé ngluwari kula, jalaran mbotensami manggihaken lepat kula setunggalkémawon, ingkang pantes kapatrapanpaukuman pejah.19Nanging tiyang-tiyang Yahudi samingotot, ngantos kula kepeksa nyuwunsupados prekawis kula kainggahakendhateng pengadilanipun KaisarRum. Kula piyambak mboten badhéngajengaken gugatan menapa-menapatumrap bangsa kula.20Menika sebabipun kula ngaturipanjenengan sedaya rawuh mriki,supados kula saged pirembagan kaliyanpanjenengan. Enggèn kula kakunjaramenika margi kula pitados dhateng

KISAH PARA RASUL 28.21–23 201

Panjenenganipun ingkang rawuhipundipun antos-antos déning tiyang Israèl."21Wong-wong Yahudi mau nuli padhamangsuli: "Kula sami mboten nampiserat menapa-menapa saking tanahYudéa bab panjenengan. Ugi mbotenwonten sedhèrèk setunggal kémawonsaking ngrika ingkang kautus mbektapawartos, saé utawi awon.22Kula kepéngin sami mirengkadospundi menggah pemanggihpanjenengan ing bab piwulang énggalmenika, sebab kula sami sumerep, bilihwonten ing pundi-pundi piwulang menikadipun mengsahi."23Wong-wong mau banjur padhamijèkaké dina kanggo Rasul Paulus.Bareng wis tekan dinané, wong-wongmau padha teka ana ing omahé RasulPaulus. Wiwit ésuk tekan soré, RasulPaulus nyritakaké lan nerang-nerangakébab pawarta sing magepokan karoKratoné Gusti Allah. Rasul Paulus ngudingyakinaké wong-wong Yahudi babGusti Yésus, adhedhasar ayat-ayat singdipethik saka Torèté Nabi Musa lankitabé para nabi.

KISAH PARA RASUL 28.24–28 20224Ana sing padha yakin yèn singdikandhakaké déning Rasul Paulus kuwipancèn bener, nanging ana uga sing oraprecaya.25Wong-wong mau nuli padha mulihsaka kono karo padha bebèncèngan.Kuwi kelakon sawisé Rasul Paulus methikayat, sing surasané mengkéné: "Cocogsanget pangandikanipun Sang Roh Suci,ingkang dipun wedharaken déning NabiYésaya dhateng para leluhur kita!26Mekaten: ‘Paranana lan kandhaamarang bangsa iki: Kowé bakal padhakrungu, nanging ora ngerti. Kowé bakalpadha nggatèkaké, nanging ora ngertiapa sing kelakon.27Sebab pikiranmu kuwi kethul,kupingé wis dipepeti nganti padhadadi budheg, lan mripaté padhadieremaké, nganti dadi wuta. Saupamaora mengkono, mripaté rak bisa ndelenglan kupingé rak bisa ngrungokaké, lanpikirané rak bisa ngerti, temah banjurpadha mratobat lan Dakwarasaké.’"28Rasul Paulus banjur mbacutaképaseksiné: "Andadosna ingpangertosanipun para sedhèrèksedaya, bilih pawartos kawilujengan

KISAH PARA RASUL 28.29–31 203

peparingipun Gusti Allah menikasamenika sampun kawartosakendhateng tiyang-tiyang sanès Yahudi,lan tiyang-tiyang wau sami remenmirengaken!"29 [Sawisé Rasul Paulus munimengkono, wong-wong Yahudi maunuli padha bubar, lunga saka kono karopadha padu dhéwé.]30Rong taun lawasé Rasul Paulus anaing kutha Rum kono, ngenggoni omahsing diséwa dhéwé. Sapa waé sing padhatilik mrono ditampani.31Rasul Paulus martakaké KratonéGusti Allah lan memulang bab GustiYésus klawan kendel, tanpa ana singngarubiru.

Roma

11Layang iki saka aku, Paulus, abdinéGusti Yésus Kristus, sing dipilih lan

ditimbali déning Gusti Allah, supayangabaraké Injil.2 Injil kuwi Kabar Kabungahan babkebabaring janjiné Gusti Allah, sing dhèkbiyèn didhawuhaké lantaran para nabi,katulis ana ing Kitab Suci.3Yakuwi bab Gusti Yésus Kristus,Putrané Allah. Manut tata kamanungsanéGusti Yésus turuné Sang Prabu Dawud;4nanging sajatiné Panjenengané kuwiPutrané Gusti Allah Kang Mahakwasa,ketitik saka enggoné diwungokaké sakaing séda.5Lantaran Panjenengané mau, aku wisdiparingi kanugrahan déning Gusti Allah,ditimbali dadi rasul iki kadhawuhannuntun sakèhing bangsa supaya padhaprecaya lan mbangun-turut marangGusti Allah.6Kowé sing padha manggon ana ingRum, wis dadi kagungané Sang Kristusklebu ana ing bangsa-bangsa mau.

ROMA 1.7–13 27Mulané aku nulis layang iki marangkowé, awit kowé uga padha katimbalandadi umat kagungané. Gusti Allah, Ramakita lan Gusti Yésus Kristus maringanasih-rahmat lan katentreman marangkowé.8Luwih dhisik aku saos sukur marangGusti Allah, lantaran Gusti Yésus Kristus,merga precayamu sing wis kesuwur ingsalumahing bumi.9Gusti Allah sing dakbektèni klawanéklasing ati srana ngabaraké Injil babPutrané, pirsa yèn sing dakkandhakakékuwi nyata. Gusti Allah pirsa, yèn sabenaku ndedonga, tansah ngèlingi kowé.10Panyuwunku, muga saka kersanéGusti Allah piyambak, aku keparengniliki kowé.11Awit aku kepéngin banget ketemukaro kowé, supaya aku bisa nglantarakéberkah sing daktampa saka Sang RohSuci marang kowé, murih santosamu.12Karepku supaya kowé lan akudisantosakaké bebarengan; aku mergasaka precayamu, lan kowé merga sakaprecayaku.13Para sedulurku, aku wis kerepngrancang arep niliki kowé, nanging

ROMA 1.14–18 3

tansah ana-ana waé alangané. Akukepéngin supaya pegawéanku ana ingantaramu uga njalari wong akèh padhamratobat, ora béda karo sing wis kelakonana ing antarané para bangsa duduYahudi.14Sebab aku duwé kuwajiban marangpara bangsa kabèh, iya sing kabudayanéluhur, iya sing asor, iya sing pinter, iyasing bodho.15Kuwi sing dadi sebabé aku kepénginngabaraké Injil mau, uga marang kowé,sing padha manggon ana ing kutha Rum.16Aku yakin, yèn Injil kuwi pangwasanéGusti Allah, sing nylametaké wong kabèhsing precaya marang Gusti Yésus Kristus,luwih-luwih wong Yahudi, semono ugawong-wong sing dudu Yahudi.17Awit Injil kuwi nuduhaké enggonéGusti Allah ngrukunaké manungsa karosarirané piyambak, mung lantaranprecaya marang panjenengané, wiwit-wiwitan tekan pungkasan, kaya singkatulis ing Kitab Suci: "Wong singdirukunaké karo Gusti Allah lantaranprecaya, kuwi sing bakal urip!"18Bebenduné Gusti Allah tumrapsakèhing dosa lan durakané manungsa

ROMA 1.19–23 4

kadhawahaké saka swarga, sebabduraka mau ngalang-alangi manungsa,nganti padha ora weruh marangkasampurnan.19Gusti Allah ngukum manungsa,jalaran bab kawontenané Gusti Allah,kuwi manungsa wis cetha kabèh. IyaGusti Allah piyambak sing maringiweruh.20Wiwit jagad dititahaké, kawontenanéGusti Allah sing ora ketingal, yakuwipangwasané sing langgeng sarta ka-Allahané, wis diketingalaké kanthi cethaana ing samubarang sing dititahaké,mulané manungsa wis ora bisa sélak.21Manungsa ngerti, nanging GustiAllah ora padha disaosi pakurmatan,lan padha ora saos sukur marangPanjenengané. Kosokbaliné sing dipikirmalah prekara-prekara sing tanpa guna.Budiné dadi peteng lelimengan.22Rumangsané wicaksana, nangingsatemené bodho.23Sing padha disembah dudu GustiAllah sing sipat langgeng, nangingreca-reca sing digawé manut rerupaningmanungsa sing ora langgeng, utawa

ROMA 1.24–28 5

manuk-manuk, kéwan-kéwan sikil papat,utawa kéwan-kéwan rumangkang.24Sarèhné manungsa dadi bodho kayamengkono, mulané Gusti Allah ngujamanungsa nglakoni prekara-prekara singasor lan nistha manut sasenengé atiné.Kabèh padha nglakoni prekara-prekarasing rusuh.25Kasetyané Gusti Allah dilironi goroh.Wong-wong mau padha luwih senenglan ngabekti marang barang gawéanédhéwé ketimbang karo Gusti Allah, singnitahaké, sing mesthiné diluhuraké ingselawas-lawasé. Amin.26Merga saka iku, Gusti Allahmasrahaké wong-wong mau maranghawa-nepsuné dhéwé sing rusuh. Wongwadon padha tumindak rusuh ninggalkalumrahan.27Mengkono uga wong lanang padhanyimpang saka patrapé sanggama singlumrah karo wong wadon, nanging padhabirai karo pepadhané wong lanang.Lanang karo lanang padha tumindaknistha, nganti padha nampa piwales singtimbang karo dosané mau.28Sarèhné rumangsané ora preluwanuh marang Gusti Allah, mulané Gusti

ROMA 1.29–2.1 6

Allah négakaké. Pikirané wong-wongmau dadi rusak, nganti padha nglakonising ora patut.29Atiné padha kebak piala, duraka lansrakah; padha drengki, seneng gawépati, kerengan, culika, lan seneng gawésusahé liyan.30Padha umuk, lan ngundhat-undhat,ngala-ala jenengé wong liya, sarta sengitmarang Gusti Allah. Padha kurang ajar,gumunggung lan gumedhé. Wong-wongmau padha sugih réka kanggo nglakonipiala, sarta nglawan marang wong tuwa,31murang-sarak, ora netepi janji,gampang ninggal kuwajiban lan oraduwé welas marang sapepadhané.32Senajan padha ngerti yèn manutangger-anggeré Gusti Allah, wong singpadha nglakoni mengkono mau mesthidiukum pati, éwasemono ora kapok,malah iya ngrujuki wong-wong liya singuga nindakaké mengkono.

21Mulané para sedulurku, apa kowépadha wani ngadili wong liya, ing

ngatasé kowé dhéwé kegolong wongsing ora bakal luput saka kesalahan?Merga yèn kowé ngluputaké wong liya,mangka kowé dhéwé luputé padha, apa

ROMA 2.2–6 7

kowé ora nibakaké paukuman marangawakmu dhéwé?2Kita padha ngerti, yèn paukumanéGusti Allah tumrap wong-wong singpadha nglakoni mengkono mau, pancènadil.3Nanging kowé, para sedulur, kowédhéwé rak iya padha nglakoni penggawé-penggawé kaya sing kokdakwakakéwong liya mau? Apa kokanggep kowébisa uwal saka paukumané Allah?4Utawa apa kowé arep ngrèmèhakémarang sih-kamirahané Gusti Allahsing gedhé banget kuwi lan kabecikanésarta kesabarané? Apa kowé ora ngertiyèn enggoné Gusti Allah ngetingalakésih-kamirahané kuwi merga ngersakaké,supaya kowé padha mratobat marangPanjenengané?5Kowé pancèn padha ndableg lanwangkot ing ati. Srana mengkono kowémung gawé aboting paukumanmudhéwé mbésuk ing Dina Kiamat, samasabebenduné Gusti Allah lan paukumanédipatrapaké.6Sebab Gusti Allah bakal males marangsaben wong manut penggawéné.

ROMA 2.7–12 87Marang wong sing tansah nglakonikabecikan lan nganti-anti marangkamulyan lan kaluhuran sartakelanggengan, Gusti Allah bakal maringiurip langgeng.8Nanging wong sing srakah, singnampik marang bebeneran, lan dhemenmarang piala, bakal nampani bebendulan dukané Gusti Allah.9Saben wong sing nglakoni penggawéala, bakal ngrasakaké momotan lankasangsaran, embuh wong Yahudi utawawong-wong bangsa liyané.10Marang wong sing padhanglakoni kabecikan, Gusti Allahbakal maringi kamulyan, kaurmatansarta katentreman, luwih-luwih wongYahudi, mengkono uga wong-wong duduYahudi.11Merga Gusti Allah ngadili saben wongtanpa pilih kasih.12Wong-wong dudu Yahudi padha orangerti Torèté Nabi Musa. Wong-wongmau padha nglakoni dosa sarta padhakesasar, mula paukumané ora dhedhasarTorèt. Nanging wong Yahudi padhanduwèni Torèt. Wong mau padha gawé

ROMA 2.13–16 9

dosa lan bakal diukum manut surasanéTorèt mau.13Sebab wong enggoné dirukunakékaro Gusti Allah kuwi ora merga ngertimarang Torèt, nanging merga nglakoniapa sing didhawuhaké déning Torèt mau.14Wong-wong kapir (dudu Yahudi)padha ora duwé Torèt, nanging yènklawan éklasing ati nglakoni apasing didhawuhaké déning Torèt mau,atiné wong mau dhéwé dadi angger-angger tumraping wong mau, senajanwong-wong mau padha ora duwé Torèt.15Penggawéné wong mau dhéwénélakaké yèn apa sing didhawuhakédéning Torèt, kuwi wis katulis anaing atiné wong-wong mau. Swaraningatiné wong-wong mau dhéwé singmbuktèkaké, jalaran iya swarané atinédhéwé mau sok-sok ngluputaké, sok-sokmbeneraké penggawéné.16Manut Injil sing dakwartakaké, iyakaya mengkono kuwi sing bakal kelakonmbésuk ing Dina Pengadilan; yèn GustiAllah ngadili sakèhing wewadining ati lanpikirané, manungsa lantaran Gusti YésusKristus.

ROMA 2.17–23 1017Lah saiki kowé dhéwé kepriyé? Kowéngaku wong Yahudi; ngandhemi marangTorèt lan kumandel marang Gusti Allah.18Kowé padha ngerti kersané GustiAllah, lan wis sinau saka Torèt, bab singala lan sing becik.19Kowé padha yakin, yèn kowé kuwidadi panuntuné wong sing wuta, lan dadipepadhang tumraping wong sing padhaana ing pepeteng.20Lan sing nggulawenthah wong singbodho, sarta dadi guruné para nonoman.Kowé yakin, yèn saka Torèt mau kowénampa sakèhing kawruh lan bebeneran.21Kowé padha mulang wong liya,nanging yagéné kowé padha ora mulangawakmu dhéwé? Kowé muni: "Ajanyenyolong," nanging apa sebabé dénékowé dhéwé koknyolong?22Kowé muni: "Aja laku bédhang!,"nanging généa kowé dhéwé kokbédhang?Kowé padha sengit marang brahala,nanging yagéné kowé dhéwé malahngrampog ana ing omah-omahé brahala?23Kowé padha ngumukaké enggonmuduwé Torèt, nanging yagéné kowépadha gawé lingsemé Gusti Allah mergaenggonmu ora nglakoni dhawuhé?

ROMA 2.24–29 1124Sebab ana tulisan: "Iya merga sakakowé asmané Gusti Allah dicecamah anaing antarané bangsa-bangsa liya."25Yèn kowé netepi Angger-anggeringTorèt, tetakmu ana gunané, nangingyèn kowé ora netepi, tetakmu ora anapaédahé.26Yèn wong dudu Yahudi ora tetak,nanging netepi Angger-anggering Torèt,apa Gusti Allah ora bakal nampa wongkuwi kaya wong sing wis ditetaki?27Lan bangsa-bangsa mau bakalnyalahaké kowé, wong-wong Yahudi,merga kowé sing duwé Torèt lan tetak,nanging padha nerak Angger-anggeringTorèt, mangka wong-wong padha oratetak, nanging padha mbangun-turutmarang Angger-anggering Torèt.28Sebab sapa ta satemené singdisebut wong Yahudi kuwi? Lan sapasing sejatiné ditetaki? Dudu wongsing enggoné dadi Yahudi merga sakakelairané, lan ditetaki manut tata lair.29Wong Yahudi sing sejati, yakuwi wongsing jiwané Yahudi, sing tetak manuttata rohani. Kuwi pakaryaning RohéGusti Allah; dudu penggawéné Kitab

ROMA 3.1–5 12

Torèt. Wong mau olèh pangalembanasaka Gusti Allah, ora saka manungsa.

31Yèn mengkono, apa wong Yahudikuwi luwih pinunjul ketimbang

karo bangsa-bangsa liyané, utawabangsa-bangsa kapir? Lan tetak kuwiapa ana paédahé?2Paédahé gedhé banget! Sebabsaora-orané Gusti Allah wis maringaképangandikané marang wong Yahudi.3Banjur kepriyé, yèn ana sagolonganéwong Yahudi sing ora setya? Apa ateges,yèn Gusti Allah kuwi ora setya?4Mesthi ora! Sebab Gusti Allah kuwisetya tuhu, senajan manungsa kabèhpadha goroh, kaya sing katulisanana ing Kitab Suci mengkéné:"Supados Panjenengan ketitika leresing sapangandika Panjenengan, sahamenang samasa dipun adili tiyang."5Nanging yèn merga saka durakakita kaadilané Gusti Allah dadi lancethané, kita arep kandha apa? ApaGusti Allah dadi ora adil, samangsaPanjenengané ngukum kita mergakeluputan kita? (Kandhaku iki manutpikirané manungsa.)

ROMA 3.6–12 136Mesthi waé ora! Sebab yèn Gusti Allahora adil, kepriyé bisané Panjenenganéngadili jagad iki?7Lan menèh menawa kaadilané GustiAllah katon luhuré, merga saka gorohku,yagéné gorohku kuwi disalahaké, lanaku dianggep wong dosa?8Apa sebabé kokkita ora kena munimengkéné: "Ayo padha nglakoni piala,supaya ketara endi sing becik?" Pancènana wong sing ndakwa aku munimengkono. Gusti Allah bakal ngukumwong mau manut apa mesthiné.9Yèn mengkono, apa kita, wong Yahudi,luwih becik ketimbang karo wongdudu Yahudi? Babar-pisan ora! Aku wismbuktèkaké yèn wong Yahudi lan wongliyané kuwi padha kawengku déningpangwasané dosa.10 Ing Kitab Suci katulis mengkéné:"Siji waé ora ana wong sing bener,11ora ana wong sing ngerti utawa singkepéngin ngerti marang kersané GustiAllah.12Sebab wong kabèh wis padhanyingkur marang Gusti Allah, wongkabèh wis padha kesasar. Ora ana siji

ROMA 3.13–20 14

waé wong sing nglakoni kabecikan; sijiwaé ora ana!13Gurungé kaya kuburan menga, ilatéseneng goroh lan apus-apus; sartapanyatur alané metu saka lambéné kayawisané ula.14Cangkemé kebak ipat-ipat lan laknat.15Gampang yèn nganiaya lan matèniwong.16Saenggon-enggon nganakakékarusakan lan nuwuhaké kasangsaran.17Dalaning katentreman padha oradiambah.18Wong-wong mau durung tau nduwènirasa wedi marang Gusti Allah."19Saiki kita ngerti, yèn samubarangsing didhawuhaké déning Torèt, kuwikanggo wong-wong sing kawengku ingTorèt, supaya manungsa kabèh padhaora bisa éndha, lan supaya donya saisinékapatrapan’a paukumané Gusti Allah.20Sebab ora ana wong siji waé singbener ana ing ngarsané Gusti Allahmerga nglakoni Angger-anggering Torèt.Nanging satemené Torèt kuwi mungnuduhaké, yèn manungsa wis nandhangdosa.

ROMA 3.21–25 1521Nanging saiki Gusti Allah wisnedahaké dalan, supaya manungsa bisakarukunaké karo Panjenengané, landalan kuwi ora ana gegayutané karoTorèt. Malah Torèt lan Kitab-kitabé ParaNabi padha neksèni:22Yèn Gusti Allah ngrukunakémanungsa karo sarirané piyambak,merga precaya marang Gusti YésusKristus. Gusti Allah nindakaké singmengkono mau tumrap wong kabèh,sing padha precaya marang Gusti YésusKristus. Sebab wong kabèh mau ora anabédané:23Kabèh wis padha gawé dosa lanadoh karo Gusti Allah, sing dadi etukingkeslametané.24Manungsa enggoné karukunaké karoGusti Allah kuwi awewaton sih-rahmat,sing diparingaké marang manungsa,lumantar panebusé Gusti Yésus Kristus.25Sédané Gusti Yésus kuwi kaagemdéning Gusti Allah dadi srana enggonémanungsa kaapura dosané, yakuwisamangsa wong mau precaya marangPanjenengané. Enggoné Gusti Allahnindakaké mengkono mau kanggonélakaké kaadilané. Ing jaman-jaman

ROMA 3.26–30 16

sing wis kepungkur, Gusti Allahsajroning kesabarané, ora maèlu marangdosa-dosané manungsa.26Nanging saiki Panjenenganéngukum dosané manungsa. Sranamengkono Gusti Allah ngetingalakéyèn Panjenengané sipat adil, lanPanjenengané ngrukunaké sariranépiyambak karo saben wong sing precayamarang Gusti Yésus.27Yèn mengkono, apa sing arepkita gung-gungaké? Ora ana! Banjurapa wewatoné manungsa enggonékaslametaké? Apa merga enggonénglakoni Torèt? Ora, nanging mungmerga precaya.28Dadi ringkesé mengkéné: Wongenggoné dirukunaké karo Gusti Allahkuwi mung wewaton precaya thok, lanora merga enggoné nglakoni apa singdidhawuhaké déning Torèt.29Apa Gusti Allah kuwi mung Allahéwong Yahudi waé? Panjenengané rak ugadadi Allahé bangsa liyané? Mesthi waé.30Sebab Gusti Allah kuwi mung siji!Panjenengané ngrukunaké wong-wongYahudi karo sarirané piyambak mergasaka precayané wong-wong Yahudi

ROMA 3.31–4.5 17

mau, lan Panjenengané ngrukunakébangsa-bangsa liyané karo sariranépiyambak iya merga saka precayanéwong-wong mau.31Yèn ngono apa merga precayamarang Gusti Yésus kita banjurmbatalaké Torèt? Ora! Malah merga sakaprecaya mau kita ngajèni Torèt.

41Yèn mengkono, banjur kepriyétumraping Rama Abraham leluhur

kita? Kepriyé pengalamané?2Menawa Rama Abraham enggonékabeneraké déning Gusti Allah kuwimerga saka penggawéné, ana alasanékanggo gumunggung. Nangingpanjenengané ora bisa gumunggung anaing ngarsané Gusti Allah.3Kitab Suci nyebutaké: "Abrahamprecaya marang Gusti Allah, lan mergaenggoné precaya mau Abraham ditampadéning Gusti Allah, dadi wong singnglakoni kersané Gusti Allah."4Wong sing nyambut-gawé kuwilumrahé nampa bayar, kang minangkaopahé, dudu ganjaran.5Nanging tumraping Gusti Allah oramengkono. Nyatané ana wong sing oragumantung saka penggawéné. Wong

ROMA 4.6–9 18

mau pasrah marang Gusti Allah, singnganggep wong dosa ora duwé dosa.Yèn Gusti Allah ngrukunaké sariranépiyambak karo wong dosa, kuwi GustiAllah mung mirsani precayané wongmau.6Ya wong sing mengkono kuwi singdikersakaké déning Sang Prabu Dawud,mulané panjenengané ngandikakaké babkabegjané wong sing ditampa déningGusti Allah, dianggep tanpa keluputan,sarta ora kaétang bab penggawéné.Pangandikané Sang Prabu Dawudmengkéné:7 "Iba begjané wong sing keluputanédiapura déning Gusti Allah lan dosa-dosané dialing-alingi déning Pangéran!8Saiba begjané wong, sing dosa-dosanéora diétung déning Gusti Allah!"9Apa kabegjan sing dingandikakakédéning Sang Prabu Dawud mau mungkatujokaké marang wong sing tetakanwaé? Ora! Kabegjan mau iya katetepakétumrap wong sing ora tetakan. Kayapangandika sing kasebut ing ndhuwurmau: "Abraham precaya marang GustiAllah, lan merga saka enggoné precaya

ROMA 4.10–13 19

mau dhèwèké ditampi déning GustiAllah, dadi wong sing nglakoni kersané."10Wiwit dhèk kapan tumindaké prekaramau? Sadurungé apa sawisé RamaAbraham ditetaki? Pancèn sadurungéditetaki, dudu sakwisé.11Lagi sawisé kuwi Rama Abrahamtetak, lan tetak mau mung pretandhakanggo mbuktèkaké, yèn merga sakaprecayané, Gusti Allah wis nampaniRama Abraham mau, dadi wong singnglakoni kersané. Kaya mengkonoenggoné Rama Abraham dadi ramakasukmané sakèhing wong sing precayamarang Gusti Allah, lan sing diparengakédéning Gusti Allah dadi wong singnglakoni kersané, senajan wong-wongmau padha ora ditetaki.12Rama Abraham uga dadi ramakasukmané wong-wong sing padhaditetaki, ora merga saka enggonétetakan, nanging merga saka precayané,padha karo Rama Abraham piyambaknalika panjenengané durung ditetaki.13Gusti Allah janji marang RamaAbraham lan tedhak-turuné, yèn jagadiki bakal dadi warisané. Enggoné GustiAllah janji mengkono mau ora merga

ROMA 4.14–17 20

saka pambangun-turuté Rama Abrahammarang kersané Gusti Allah, nangingmerga Rama Abraham precaya; mulanébanjur ditampi déning Gusti Allah,dianggep wong sing nglakoni kersané.14Menawa Gusti Allah maringakéjanjiné mung marang wong sing padhanglakoni Angger-anggering Torèt waé,lha rak ora ana gunané wong precayamarang Gusti Allah, lan janji-janjinéGusti Allah iya banjur ora ana paédahé.15Torèt kuwi mung nekakakébebenduné Gusti Allah. Nanging yèn oraana angger-angger, dadi iya ora anapanerak.16Prejanjiné Gusti Allah kuwikaparingaké adhedhasar precaya,supaya cetha yèn kuwi kanugrahanéGusti Allah marang tedhak-turuné RamaAbraham kabèh; marang wong singpadha urip manut Torèt, semono ugamarang wong sing padha precaya nuladRama Abraham, merga Rama Abrahamkuwi rama kasukman kita kabèh.17Gusti Allah ngandika marang RamaAbraham: "Aku wis ndadèkaké kowébapakné bangsa pirang-pirang." Kayamengkono Rama Abraham ana ing

ROMA 4.18–22 21

paningalé Gusti Allah, sing dadi andel-andelé. Iya Gusti Allah sing nguripakéwong mati, sing nyabdakaké barang singora ana dadi ana.18Rama Abraham precaya lan tetepkagungan pengarep-arep, senajankaya-kaya wis ora bakal kelakondadi bapakné bangsa pirang-pirang;kaya pangandikaning Kitab Suci:"Anak-turunmu bakal semono akèhé."19Rama Abraham nalika semanawis mèh yuswa satus taun, nangingprecayané ora suda. Precayané mau oraluntur, senajan nyatané ibu Sarah kuwigabug.20Panjenengané babar-pisan oramangu-mangu bab prejanjiné GustiAllah. Precayané kuwi sing mènèhikekuwatan marang Rama Abraham,mulané panjenengané bisa tansahmemuji asmané Gusti Allah.21Rama Abraham yakin yèn GustiAllah kwasa nindakaké apa sing wisdijanjèkaké.22Yakuwi sing marakaké Rama Abrahamkatampi déning Gusti Allah, kaanggepdadi wong sing nglakoni kersané.

ROMA 4.23–5.2 2223Tembung "katampi déning GustiAllah, kaanggep dadi wong sing nglakonikersané" kuwi ora mung katulis kanggoRama Abraham thok,24nanging iya katulis kanggo kita, singbakal uga padha kaanggep nglakonikersané Gusti Allah; yakuwi kita singpadha precaya marang Gusti Allah, singwis mungokaké Gusti Yésus, saka ingséda.25Gusti Yésus mau ditégakaké déningGusti Allah nganti séda, merga dosa-dosa kita; Panjenengané kawungokakésaka ing séda supaya ngrukunaké kitakaro Gusti Allah.

51Saiki, sarèhné kita wis dirukunakékaro Gusti Allah merga precaya, urip

kita padha tentrem ana ing astané GustiAllah lantaran Yésus Kristus, Gusti kita.2Merga déning precaya kita, GustiYésus Kristus wis marengaké kita padhangrasakaké sih-rahmaté Gusti Allah,lan saiki kita padha urip wewatonsih-rahmat mau. Mulané kita padhabungah-bungah merga kita nganti-antibakal olèh panduman kamulyané GustiAllah!

ROMA 5.3–9 233Kita iya padha bisa bungah sajronékasusahan, sebab kita ngerti yènkasusahan mono njalari sabar,4 lan sabar kuwi dadi keparengé GustiAllah, lan apa sing dadi keparengé GustiAllah kuwi nekakaké pengarep-arep.5Pengarep-arep mau ora gawé gelanéati kita, sebab Gusti Allah wis ngesokakésihé ana ing ati kita lantaran Rohé kangsuci. Sang Roh Suci kuwi peparingéGusti Allah marang kita.6Nalika kita ora keconggah nylametakéawak kita dhéwé ing wektu sing wiskatemtokaké déning Gusti Allah, GustiYésus Kristus séda kanggo kita parawong dosa.7Ora gampang golèk wong sing gelemmati senajan kanggo wong sing benerpisan. Bisa uga ana sing gelem matikanggo nglabuhi wong sing becik.8Nanging Gusti Allah wis ngetingalakémarang kita, sepira gedhéning sihémarang kita, awit Sang Kristus wisnglampahi séda kanggo kita, nalika kitaisih padha ana ing sajroning dosa!9Merga saka sédané Sang Kristus, kitasaiki wis padha katunggilaké karo GustiAllah. Mulané saiki kita saya luwih yakin,

ROMA 5.10–14 24

yèn kita mesthi bakal padha dislametakédéning Sang Kristus saka bebenduningAllah.10Biyèn nalika kita padhamemungsuhan karo Gusti Allahwaé, padha didadèkaké mitrané lantaransédané Kang Putra, luwih-luwih saikibareng kita wis padha dadi mitrané GustiAllah, mesthi bakal padha dislametakédéning wunguné Gusti Yésus!11Ora ngemungaké kuwi waé. Kitapadha bungah ing patunggilané GustiAllah, lantaran Gusti kita Yésus Kristus,sing dadi mergané kita padha dadi paramitrané Gusti Allah.12Mlebuné dosa ana ing donya kuwijalaran saka wong siji, lan dosané wongsiji mau nekakaké pati. Pati mau nulinyrambahi sakèhing manungsa, sebabsaben manungsa wis nglakoni gawédosa.13Dosa wis ana ing jagad sadurungéTorèt kaparingaké déning Gusti Allah.Nanging yèn ora ana angger-angger,dosa ora kapétung.14Éwasemono wiwit saka jamanéBapak Adam nganti tekan jamané NabiMusa, pati wis nindakaké pangwasané

ROMA 5.15–17 25

ana ing uripé saben manungsa, klebuwong-wong sing ora nglakoni dosakaya Bapak Adam, enggoné nerakangger-anggeré Gusti Allah. BapakAdam kuwi gambaré Sang Kristus singbakal rawuh.15Nanging sakaroné ora padha, sebabkanugrahané Gusti Allah ngluwihiyèn ditimbang karo dosané BapakAdam. Pancèn akèh wong sing padhamati, merga dosané wong siji (Adam)mau; nanging sih-rahmaté Gusti Allahluwih gedhé menèh. Mengkono ugasih-kanugrahané Gusti Allah singkaparingaké ora nganggo bayaranmarang wong akèh, lantaran sih-kamirahané wong siji, yakuwi GustiYésus Kristus.16Pancèn gedhé banget bédanékanugrahané Gusti Allah karo dosanéwong siji mau. Nalika dosané wongsiji mau ditetepaké: "Salah"; nangingbareng dosa mundhak akèh, nuliputusané kanugrahan kadhawuhaké:"Ora Salah".17Pancèn merga paneraké wong siji,pati nuli wiwit ngambra-ambra, jalaranwong siji mau; éwasemono luwih gedhé

ROMA 5.18–21 26

pangwasané wong siji liyané, yakuwiGusti Yésus Kristus! Saben wong sijinampani kalubèraning sih-rahmatéGusti Allah, lan nampani kayektèn, singdiparingaké kanthi gratis, bakal urip,lan nindakaké pangwasa lantaran GustiYésus Kristus.18Yèn mengkono, kaya déné panerakéwong siji nekakaké paukuman marangwong akèh, mengkono uga penggawénéwong siji sing bener, ngluwari wongakèh, lan marakaké wong akèh maupadha urip.19Padha kaya pembangkangé wongsing siji mau njalari wong akèh padhadadi wong dosa, kaya mengkono uga,merga pambangun-turuté wong siji,akèh wong banjur padha kabeneraké.20Torèt kuwi kaparingaké déning GustiAllah. Nanging nyatané panerak sayamundhak akèh. Samasa dosa mundhakakèh, sih-rahmaté uga saya mundhakgedhé.21Padha kaya patining manungsamerga saka dosané, kaya mengkono ugasih-rahmaté Gusti Allah ngwasani uripémanungsa srana bebeneran, lan nuntun

ROMA 6.1–6 27

kita marang urip langgeng, lantaranYésus Kristus, Gusti kita.

61Yèn mengkono, kita arep muni apamenèh? Apa kita kudu mbacutaké

gawé dosa, supaya kanugrahané GustiAllah saya wuwuh akèh?2Mesthi ora! Kita rak wis padhadiuwalaké saka dosa; mulané kepriyédéné kita padha urip ana ing sajroningdosa mau!3Apa kowé ora ngerti, yèn enggon kitadibaptis kuwi, kita ditunggilaké karoSang Kristus Yésus? Kuwi ateges kitaditunggilaké karo sédané.4Srana baptisan mau kita dikuburbebarengan karo Sang Kristus anaing sédané, supaya kaya déné SangKristus diwungokaké saka ing sédadéning kamulyaning pangwasané SangRama, kaya mengkono uga kita padhakaparingan urip sing anyar.5Sebab menawa kita wis ditunggilakékaro Sang Kristus ana ing sédané,mengkono uga kita padha ditunggilakékaro Panjenengané ana ing wunguné.6Kita padha ngerti, yèn kaanan kitasing lawas wis mati bebarengan karoSang Kristus ana ing kayu salib, supaya

ROMA 6.7–13 28

pangwasané dosa sing ana ing kitakasirnakaké, satemah kita ora dadibudhaké si dosa menèh.7Sebab wong sing wis mati, kuwi wisluwar saka pangwasané si dosa.8Yèn kita wis mati bebarengan karoSang Kristus, kita precaya, yèn kita ugabakal urip karo Panjenengané.9Kita ngerti, yèn Sang Kristuswis kawungokaké saka ing séda.Panjenengané ora bakal sédamenèh, sebab pati wis ora ngwasaniPanjenengané.10Séda sing dialami déning SangKristus kuwi séda tumrap ing dosa,mung sepisan waé. Nanging gesangéSang Kristus saiki, kuwi gesang singlumadi marang Gusti Allah.11Mulané kowé uga kudu padhanganggep awakmu kuwi wis matitumraping dosa, lan kudu padha uripkagem Gusti Allah lantaran Sang KristusYésus.12Si dosa ora kena ngerèh awakmumenèh, temah kowé nguja hawa-nepsulan nindakaké piala.13Aja padha masrahaké péranganingawakmu siji waé marang pangwasané

ROMA 6.14–17 29

dosa, kanggo nindakaké piala. Nangingbadanmu pasrahna marang Gusti Allah,kaya déné wong-wong sing wis dientassaka ing pati marang urip. Badanmusakojur padha pasrahna marang GustiAllah, supaya diagem srana nindakaképrekara-prekara sing becik.14Aja nganti si dosa ngwasani kowé,sebab uripmu wis ora kawengku déningTorèt menèh, nanging kawengku ingsih-rahmaté Gusti Allah.15Saiki kepriyé? Apa kita kena nglakonidosa, merga saiki urip kawengkudéning sih-rahmaté Gusti Allah, lan orakawengku ing Torèt? Ora babar-pisan!16Mesthiné kowé wis padha ngerti,yèn samangsa kowé pasrah badanmumarang wong, dadi abdiné wong mau,nglakoni apa sapréntahé, kowé dadiabdiné bendara sing préntahé koklakonimau, ora preduli apa bendaramu kuwisi dosa, sing njalari patimu, apa SangKristus, sing njalari kowé ditunggilakékaro Gusti Allah.17Nanging puji sokur marang GustiAllah, déné senajan kowé biyèn tau dadibudhaké si dosa, saiki kowé klawanéklasing ati wis padha mbangun-turut

ROMA 6.18–23 30

marang bebeneran, sing kawulangakémarang kowé.18Kowé wis padha kaluwaran sakaing dosa, supaya padha dadia abdinébebeneran.19Enggonku nganggo tuladha "budhak"kuwi supaya gampang koktampa. Biyènkowé padha masrahaké badanmusakojur dadi budhaké penggawé singkotor lan duraka, kanggo nindakaképiala. Semono uga saiki, bareng wis dadiabdiné bebeneran, badanmu sakojurpadha pasrahna kanggo lantaraningtumindak sing dadi keparengé GustiAllah.20Menawa kowé dadi budhaké si dosa,kowé ora kawengku déning bebeneran.21Nanging apa paédahé tumrap kowé,nglakoni prekara-prekara sing saiki kowédhéwé isin? Penggawé-penggawé maunekakaké pati!22Saiki kowé wis diluwari saka ingpangwasané dosa, lan dadi abdiné GustiAllah. Tujuné saiki uripmu kokpasrahakémarang Gusti Allah, lan ngolèhaké uriplanggeng.23Sebab opahé dosa kuwi pati, nangingsih-kanugrahané Gusti Allah ngolèhaké

ROMA 7.1–4 31

urip langgeng, lantaran Kristus Yésus,Gusti kita.

71Para sedulur mesthiné kowé padhangerti marang undhang-undhang

lan pangwasané undhang-undhang kuwimung sajroné wong mau isih urip.2Kaya upamané wong wadon sing duwébojo, kuwi olèhé kecencang karo bojonésrana undhang-undhang mung selawasésing lanang isih urip. Nanging samasasing lanang wis mati, sing wadon wis orakecencang karo bojoné.3Yèn wong wadon mau nalika singlanang isih urip, urip bebarengankaro wong lanang liya, wong wadonmau diarani laku bédhang. Nangingyèn sing lanang wis mati, manutundhang-undhang wong wadon kuwibébas, lan saupama kawin menèh karowong lanang liya, ora kena diarani lakubédhang.4Mengkono uga tumrap kowé, parasedulurku. Kowé wis padha matimungguhing Torèt, jalaran kowé wispadha ditunggilaké karo sarirané SangKristus. Saiki kowé wis dadi kagunganéGusti Yésus, sing wis kawungokaké saka

ROMA 7.5–9 32

ing séda, supaya urip kita ana paédahékagem Gusti Allah.5Sebab biyèn nalika kita isih padhaurip manut karep kita dhéwé, hawa-nepsuning dosa sing merga déning Torètmasésani badan kita, lan nekakaké pati.6Nanging saiki kita wis bébas sakapamengkuné Torèt, sebab kita wispadha mati mungguhing Torèt, singbiyèn nancang kita. Kita wis ora padhangabekti manut cara sing lawas,yakuwi manut angger-angger singwujud tulisan; nanging saiki kita padhangabekti nganggo cara anyar, manutpanuntuné Sang Roh Suci.7Yèn mengkono, kita arep munikepriyé? Apa Torèt dhéwé kuwi dosa?Ora! Nanging Torèt kuwi sing marakakéaku ngerti, apa sing diarani dosa mau.Yèn ora ana Angger-anggering Torèt singmuni: "Kowé aja mélik," aku ora ngertiapa sing diarani mélik.8Dosa banjur olèh dalan nuwuhakénepsu rupa-rupa ana ing atiku, lantaranAngger-anggering Torèt; sebab tanpaAngger-anggering Torèt, dosa kuwi mati.9Biyèn aku urip tanpa Torèt, nangingbareng Angger-anggering Torèt

ROMA 7.10–15 33

ditrapaké, dosa iya nuli wiwit urip;kosokbaliné aku mati.10Dadi Torèt sing karepé supayamarakaké urip kanggoné aku malahbanjur marakaké mati.11Ana ing Angger-anggering Torètkuwi, si dosa olèh dalan ngapusi aku,lan merga déning angger-angger mau sidosa kuwi wis matèni aku.12Mangka Angger-anggering Torètdhéwé kuwi pinangkané saka GustiAllah, lan pepakon-pepakoné kuwi sakaGusti Allah, sarta bener lan becik.13Apa kuwi ateges, yèn barang singbecik mau marakaké aku mati? Ora!Nanging si dosa sing njalari patiku.Klawan patrap migunakaké Torèt, barangsing becik mau, si dosa njalari patiku,supaya si dosa kuwi katon wujudé singsatemené. Srana anané Torèt, ketitiksepira gedhéné dayaning dosa mau.14Kita ngerti yèn Torèt kuwi asalésaka Gusti Allah lan sipat kasukman,nanging aku iki sipat kedagingan, landadi budhaké si dosa.15Aku dhéwé ora ngerti apa singdaklakoni. Aku ora nglakoni apa sing

ROMA 7.16–22 34

dakpéngini, malah aku nglakoni apa singdaksengiti.16Menawa aku nglakoni apa singsatemené ora dakkarepaké, kuwimbuktèkaké yèn aku ngakoni menawaAngger-anggering Torèt kuwi bener.17Yèn mengkono, satemené dudu akusing nglakoni kuwi mau, nanging si dosasing ana ing aku.18Aku ngakoni, yèn aku iki manungsa,ora kadunungan apa-apa sing becik.Senajan aku kepéngin nindakaké singbecik, nanging aku ora bisa nglakoni.19Mulané aku ora nglakoni kabecikansing dakkarepaké mau, malahkosokbaliné, aku nglakoni prekara-prekara sing ala, sing ora dakkarepaké.20Yèn aku nglakoni prekara-prekarasing ora dakkarepaké, kuwi ateges,dudu aku dhéwé sing nglakoni prekara-prekara mau, nanging si dosa singngerèh marang awakku.21Srana mengkono aku banjur nemuwewaton mengkéné: Samasa aku arepnglakoni sing becik, jebul nyatané singdaklakoni mung sing ala waé.22 Ing batin aku ngèstokaké angger-anggeré Gusti Allah,

ROMA 7.23–8.3 3523nanging aku ngerti, yèn ing sajroningbadanku uga ana angger-angger liya,sing nglawan marang angger-anggermau, sing dianut déning budiku.Angger-angger liya kuwi sing marakakéaku dierèh déning si dosa, sing ngwasaniawakku.24Wong cilaka temenan aku iki. Sapasing arep ngluwari aku saka badanku,sing marakaké aku mati iki?25Pinujia Gusti Allah lantaran GustiYésus Kristus, kang kersa ngluwari aku,awit satemené mengkéné: Srana budiku,aku nglakoni angger-anggeré Gusti Allah,nanging srana badanku kamanungsan,aku nglakoni angger-anggeré si dosa.

81Saiki wis ora ana paukumanmenèh tumrapé wong sing ana ing

patunggilané Sang Kristus.2Sebab angger-anggeré Sang Roh Suci,sing nunggilaké urip kita karo GustiKristus Yésus, wis ngluwari kita sakaangger-anggering dosa lan pati.3Apa sing ora ditindakaké déningangger-angger merga sèkènging dagingkita, kuwi saiki ditindakaké déningGusti Allah piyambak. Panjenengané wisngukum dosa sing ana badané manungsa

ROMA 8.4–8 36

srana ngutus Putrané piyambak, singrawuh ngagem sipating manungsa dosa,kanggo nyirnakaké dosa.4Gusti Allah enggoné nindakakésing mengkono mau supaya Angger-anggering Torèt bisa kita tetepi ana ingbadan kita, sing uripé manut pangrèhéSang Roh Suci lan ora manut pangrèhingdaging.5Wong sing uripé manut pangrèhingdaging, pikirané dierèh déning daging.Nanging wong sing uripé manutpangrèhé Rohé Gusti Allah, pikiranédierèh déning kersané Rohé Gusti Allahmau.6Yèn pikiranmu dierèh déning daging,kuwi kowé bakal mati. Nanging yèndierèh déning Rohé Gusti Allah, kowébakal urip klawan tentrem.7Wong sing pikirané dierèh déningdaging, kuwi dadi satruné Gusti Allah,merga ora manut karo angger-anggeréGusti Allah. Satemené wong mau pancènora bisa urip manut angger-anggeréGusti Allah,8mangka Gusti Allah ora rena ingngatasé wong sing uripé padha dierèhdéning daging.

ROMA 8.9–13 379Nanging kowé wis ora manutpangrèhing daging, awit manutpangrèhing Roh; semono mau yènRohé Gusti Allah dedalem ana ing kowétemenan. Sapa sing ora nduwèni RohéSang Kristus ana ing uripé, wong kuwidudu kagungané Sang Kristus.10Nanging menawa Sang Kristusgesang ana ing kowé, senajanabadanmu mati krana dosa, éwasemonoRohé Gusti Allah wis nguripaké kowé,merga kowé wis ditunggilaké karo GustiAllah.11Menawa Rohé Gusti Allah singmungokaké Sang Kristus saka ing séda,dedalem ana ing kowé, Gusti Allah singwis mungokaké Sang Kristus saka ingséda mau uga bakal nguripaké badanmusing kena ing pati, srana Rohé singdedalem ana ing kowé.12Mulané para sedulurku, kita padhaduwé kuwajiban, nanging ora supayapadha urip manut sipating kamanungsankita.13Sebab menawa kowé padha uripmanut wataké kamanungsanmu, kowébakal mati. Nanging menawa kowépadha urip manut Rohé Gusti Allah, lan

ROMA 8.14–17 38

matèni penggawému sing dosa, kowébakal urip.14Wong sing padha dierèh déning RohéGusti Allah, kuwi para putrané GustiAllah.15Sebab Roh sing diparingaké déningGusti Allah marang kowé, kuwi orandadèkaké kowé dadi budhak, temahkowé padha urip sajroning wedi.Nanging kosokbaliné, Rohé Gusti Allahkuwi ndadèkaké kowé dadi para putranéAllah. Lan merga pangrèhé Rohé GustiAllah kuwi, kita padha nyebut GustiAllah: "Rama! Ramaku!"16Rohé Gusti Allah mau bebarengankaro roh kita, nglairaké paseksi, yèn kitakuwi padha dadi putrané Gusti Allah.17Lan sarèhné kita dadi putrané GustiAllah, mula bakal padha nampa sakèhingpanduman sing kacadhangaké déningGusti Allah marang para putrané mau.Bebarengan karo Sang Kristus, kitauga bakal tampa samubarang, singkacadhangaké déning Gusti Allah kagemGusti Yésus Kristus; sebab menawakita nglakoni sangsara bebarengankaro Sang Kristus, kita uga bakal olèhpanduman kamulyané Sang Kristus mau.

ROMA 8.18–23 3918Sakèhing kasangsaran sing kitaalami saiki, kuwi manut panemuku, oratandhing babar-pisan karo kamulyansing bakal kawedharaké marang kita.19Sakèhing tumitah padha ngarep-arepbanget marang dina enggoné Gusti Allahngumumaké para putrané.20Sebab sakèhing tumitah mau wiskena ing bebenduné Gusti Allah, lan wisdadi tanpa guna, ora merga saka karepédhéwé, nanging merga saka kersanéGusti Allah. Senajan mengkono, isih anapengarep-arep:21Awit ing sawijining dina para tumitahbakal kaluwaran saka enggoné kawengkuing rusak, lan bakal dimerdikakaké landimulyakaké bebarengan karo paraputrané Gusti Allah.22Kita padha ngerti, yèn nganti seprénésakèhing tumitah kuwi padha sesambatngrasakaké lara kaya wong wadon singlagi nglarani.23Ora mung para tumitah sing padhasambat, nanging kita dhéwé ing batiniya padha nggresah: Yakuwi sajroningnganti-anti marang wektu enggonéGusti Allah arep ngangkat kita dadipara putrané lan ngluwari badan kita

ROMA 8.24–28 40

sasampurnané, sanajan kita wis padhadiparingi Rohé Gusti Allah, yakuwipeparing sing kaparingaké sepisanan.24Enggon kita dislametaké kuwi sranapengarep-arep. Nanging yèn kita wisndeleng apa sing kita arep-arep mau,kuwi wis dudu pengarep-arep menèh.Sebab sapa sing isih bakal ngarep-arepbarang sing wis dideleng?25Yèn kita ngarep-arep barang singdurung kita deleng, kita mesthi bakalnganti-anti klawan sabar.26Mengkono uga Rohé Gusti Allahrawuh mitulungi kita sing sèkèng iki.Kita dhéwé ora ngerti kepriyé patrapéndedonga sing bener; Roh piyambaksing ndongakaké kita marang GustiAllah srana panggresah, sing ora bisadiucapaké nganggo tembung.27Gusti Allah sing mirsa isining atinémanungsa, pirsa apa sing dikersakakédéning Roh mau; sebab Roh kuwindongakaké para umaté Gusti Allah,condhong karo sing dadi kersané GustiAllah.28Kita padha ngerti, yèn ing sadhéngahprekara, Gusti Allah makarya murih

ROMA 8.29–33 41

beciké wong sing padha tresna marangPanjenengané.29Wong sing wis dipilih déning GustiAllah, kuwi uga wis disengker, supayadadia padha kaya Putrané, yakuwi GustiYésus Kristus, supaya Sang Putra maudadia pembarep ing antarané sedulurakèh.30Mulané wong sing wis padhadisengker kuwi uga sing padha ditimbali,lan sing padha ditimbali kuwi singditunggilaké, karo sarirané. Lan wongsing padha ditunggilaké kuwi sing padhadiparingi panduman kamulyané SangRama.31Ngèlingi kuwi mau kabèh, saiki kitaarep muni kepriyé? Menawa Gusti Allahpiyambak nunggil karo kita, sapa singwani nglawan kita?32Gusti Allah ora ngéman Putranépiyambak, malah Sang Putra maudipasrahaké marang kita kabèh. MenawaPutrané piyambak wis diparingakémarang kita, apa samubarang kabèh iyaora bakal diparingaké marang kita?33Sapa sing wani nggugat marangumat sing dipilih déning Gusti Allah?

ROMA 8.34–38 42

Gusti Allah piyambak wis mratélakaké,yèn wong-wong kuwi ora salah.34Apa ana wong sing bisa ngukumwong-wong mau? Gusti Yésus Kristussing wis nglampahi séda, wis wungu lanbanjur diparingi pangwasa déning GustiAllah. Gusti Yésus mau malah dadi wakilkita ana ing ngarsané Gusti Allah.35Sapa sing bisa misahaké kita sakasihé Sang Kristus? Apa kasusahan, aparekasaning urip, apa panganiaya, apakeluwèn, apa kemiskinan, apa bebaya,apa pati?36Kaya pangandika ing Kitab Suci:"Margi saking Paduka, kawula samiwonten ing salebeting bebaya pejahsedinten muput. Kawula sami kaanggepdados ménda sembelèhan."37Ora mengkono! Kita unggul ingngatasé kuwi mau kabèh, mergaPanjenengané wis ngasihi kita!38Sebab aku yakin yèn ora ana prekarasing bisa misahaké kita saka sihé SangKristus; senajan pati utawa urip, paramalaékat utawa para pangwasa liyanésing ana ing swarga, ing jaman saiki,utawa sing bakal kelakon,

ROMA 8.39–9.4 4339 senajan jagad sing ana ing dhuwur,utawa sing ana ing ngisor, lan titahapa waé, ora ana sing bisa misahakékita saka sihé Gusti Allah sing wis kitatampani lantaran Sang Kristus Yésus,Gusti kita!

91Apa sing dakkandhakaké iki nyata,yakuwi aku iki kagungané Sang

Kristus. Swaraning batinku, sing dierèhdéning Sang Roh Suci, uga mèlu neksèni,yèn aku ora goroh.2Saiba sedhining atiku lan ora kiniragedhéning prihatinku ing ngatasébangsaku, bangsaku sing tunggal daginglan getih!3Merga bangsaku mau, aku rila upamaawakku ditamani bebendu déning GustiAllah lan dipisahaké saka sihé SangKristus.4Wong-wong kuwi umat pilihané GustiAllah. Wong-wong mau padha diangkatdadi para putrané Gusti Allah piyambak,lan padha diparangi kamulyan. GustiAllah wis damel prejanjian karo wong-wong mau sarta padha diparingi Torèt.Wong-wong mau padha ngerti babpatrapé ngabekti marang Gusti Allah

ROMA 9.5–9 44

lan padha diparingi prasetyan-prasetyandéning Gusti Allah.5Wong-wong mau padha dadianak-turuné para leluhuré bangsakita, lan Gusti Yésus Kristus manuttata kamanungsané klebu bangsanéwong-wong mau. Pinujia Gusti Allah,sing ngerèh samubarang, pinujia ingsalawas-lawasé! Amin.6Aku ora kandha yèn prejanjiané GustiAllah kuwi batal; merga ora saben umatIsraèl kapilih déning Gusti Allah.7Semono uga ora kabèh tedhak-turunéRama Abraham kaangkat dadi paraputrané Gusti Allah. Gusti Allah ngandikamarang Abraham: "Sing bakal kasebutturunmu kuwi mung turuné Iskak."8Kuwi ateges yèn sing kasebutputra-putrané Gusti Allah mau duduanak-anak sing dilairaké miturut daging.Sing dianggep tedhak-turuné sing sahkuwi mung anak-anak sing dilairakémanut prejanjiané Gusti Allah.9Sebab prejanjiané Gusti Allah maumengkéné: "Aku bakal bali menèh ingwektu sing wis katemtokaké, lan Sarahbakal duwé anak lanang!"

ROMA 9.10–15 4510Malah ora mengkono waé: Bocahlanang loro-loroné sing dikandhut déningibu Ribkah kuwi bapakné siji, yakuwileluhur kita Iskak.11Supaya enggoné milih salah siji sakaing antarané bocah loro mau cethakersané Gusti Allah piyambak, mulaGusti Allah ngandika marang Ribkah:"Sing tuwa bakal ngawula marang singenom." Enggoné Gusti Allah ngandikamengkono mau, nalika bocah-bocahkaroné durung padha lair, lan sadurungépadha ngerti nindakaké sing becikutawa sing ala. Mengkono dadi cethayèn pamilihé Gusti Allah kuwi oralandhesan penggawéné bocah loro mau,nanging landhesan timbalané Gusti Allahpiyambak.12 (9:11)13Kaya sing katulis ing Kitab Suci:"Yakub kuwi Dakkasihi, nanging ÉsauDaksengiti."14Yèn mengkono, kita banjur arep munikepriyé? Apa Gusti Allah kuwi ora adil?Ora! Gusti Allah adil!15Gusti Allah ngandika marang NabiMusa mengkéné: "Aku bakal melasimarang sapa waé sing Dakparingi

ROMA 9.16–20 46

piwelas, lan paring kamirahan marangsapa waé sing Dakkersakaké."16Mulané putusan kuwi ora gumantungsaka karep utawa labeté manungsa,nanging mung landhesan sih-rahmatéGusti Allah piyambak.17Sebab Kitab Suci wis nerangaké, yènGusti Allah wis ngandika marang ratuing Mesir: "Yakuwi sebabé enggon-Kungangkat kowé dadi ratu, supayakowé mratélakaké pangwasa-Ku lanngluhuraké Asma-Ku ana ing salumahingbumi."18Mengkono patrapé Gusti Allahenggoné ngesokaké sih-rahmaté marangsok wonga sing dikersakaké, lan ugamangkotaké atiné sapa waé, manut ingsa-kersané piyambak.19Kowé bakal takon marang aku: "Yènmengkono, kepriyé bisané Gusti Allahngluputaké manungsa? Sapa sing bisamalangi kersané Gusti Allah?"20Aku arep genti takon marang kowé:"Sedulurku, kowé kuwi sapa, kokwani-wani madoni marang Gusti Allah? Apakelakon pengaron takon marang kundhising gawé pengaron mau: ‘Yagéné akukokkokgawé mengkéné?’

ROMA 9.21–26 4721Apa kundhi mau ora wenang nggaraplempung mau ing sakarepé? Lemahlempung saprongkol bisa waé digawépengaron sing larang regané, utawapengaron sing murah."22Mengkono uga pakaryané GustiAllah, Panjenengané kagungan kersangetingalaké bebenduné lan medharpangwasané. Éwadéné Gusti Allah kuwisabar banget marang wong sing padhadibendoni, sarta wong-wong sing wisdigadhang bakal disirnakaké.23Gusti Allah uga kersa nedahakékamulyané sing sampurna, kaparingakémarang kita, sing padha katimbalannampani sih-rahmaté, yakuwi kita singwis kacadhangaké déning Panjenengané,supaya nampani kamulyan mau.24Ya kita iki, sing wis katimbalan déningPanjenengané, ora mung bangsa Yahudiwaé, nanging uga sing saka antaranébangsa-bangsa liyané.25 Ing Kitabé Nabi Hoséa ana tulisanmengkéné: "Sing dudu umat-Ku bakalDaksebut ‘Umat-Ku’, lan sing oraDakkasihi, kuwi Daksebut ‘Kesakih-Ku’.26Lan ing panggonané wong-wong singdidhawuhi: ‘Kowé kuwi dudu umat-Ku,’

ROMA 9.27–32 48

ing panggonan kono uga wong-wongmau bakal padha disebut: ‘Para putranéGusti Allah kang asipat gesang.’"27Tumrapé bangsa Israèl Nabi Yésayangandika: "Senajan cacahé bangsa Israèlkuwi akèhé kaya wedhining segara,éwasemono sing bakal kaslametakémung sethithik.28Sebab Gusti Allah bakal énggalnganakaké pétungan karo isining jagad."29Kaya sing dipangandikakaké déningNabi Yésaya dhèk biyèn mengkéné:"Saupama Gusti Allah Kang Mahakwasa,ora maringi turun marang kita, mesthikita wis dadi kaya kutha-kutha Sodomlan Gomora."30Kita arep muni apa saiki? Mengkéné:Bangsa-bangsa liya sing padha ora ngudisupaya katunggilaké karo Gusti Allah,saiki wis padha katunggilaké, mergapadha precaya.31Nanging bangsa sing kapilih (bangsaIsraèl), sing lantaran Torèt padha ngudisupaya katunggilaké karo Gusti Allah,malah gagal.32Yagéné? Sebab pangudiné mau oralandhesan precaya, nanging landhesanpangabekti manut carané dhéwé.

ROMA 9.33–10.4 49

Wong-wong mau padha kesandhung ingwatu,33 sing kasebut ing Kitab Sucimengkéné: "Delengen, Aku wisndokokaké watu ing Sion, sing marakakéwong padha kesandhung, watu singmarakaké wong padha tiba. Nangingsapa sing precaya marang Panjenenganéora bakal kecuwan."

101Para sedulurku, pamujiku kanthitulusing atiku supaya wong-wong

sebangsaku bisaa kapitulungan slamet.Aku tansah ndedonga marang GustiAllah kanggo wong-wong mau.2Aku neksèni, yèn wong-wong kuwipadha ngabekti banget marang GustiAllah. Nanging pangabektiné oraadhedhasar kawruh sing sejati.3Wong-wong mau padha ora ngertipatrapé Gusti Allah enggoné nunggilakémanungsa karo Panjenengané. Wong-wong mau padha nyoba golèk dalandhéwé; mulané padha ora gelemmilih dalam peparingé Gusti Allah,supaya manungsa katunggilaké karoPanjenengané.4Sebab Sang Kristus wis netepi Torèt,supaya saben wong sing precaya marang

ROMA 10.5–9 50

Panjenengané, ditunggilaké karo GustiAllah.5Kaya sing ditulis Nabi Musa, yènwong enggoné dirukunaké karo GustiAllah kuwi srana mbangun-turut marangTorèt, uniné tulisan mau mengkéné:"Wong sing netepi Toret, bakal olèh uripmerga déning Torèt."6Nanging piwulang sing mratélakaké,yèn kita iki katunggilaké karo GustiAllah merga precaya, dhawuhé KitabSuci mengkéné, "Aja mikiraké, ‘Sapasing bakal munggah menyang swarga?’(yakuwi supaya ngudhunaké SangKristus),7utawa ‘Sapa sing arep mudhunmenyang nraka?’ (yakuwi supayanggawa Sang Kristus munggah, wungusaka séda)."8Karepé mengkéné: "PangandikanéGusti Allah kuwi cedhak banget karokowé, yakuwi ana ing lambému lanana ing sajroné atimu," mengkonopangandika bab precaya, sing padhadakwartakaké.9Menawa lambému padha ngakoni, yèn"Yésus kuwi Gusti," lan kowé precayaing sajroné atimu, yèn Gusti Allah wis

ROMA 10.10–14 51

mungokaké Gusti Yésus saka ing séda,kowé bakal slamet.10Sebab kita precaya ing sajroning atikita, temah kita padha karukunaké karoGusti Allah, lan kita ngakoni srana lambékita, temah kaslametaké.11Kitab Suci nyebut: "Sing sapaprecaya marang Panjenengané, orabakal kecuwan."12Pangandika kuwi kanggo sabenwong, sebab wonga Yahudi, wongakapir, ora ana bédané. Gusti Allah kuwimung siji, yakuwi Allahé wong kabèh.Panjenengané sing mberkahi klawanlubèr marang saben wong sing nyebutPanjenengané.13Ayat ing Kitab Suci uga nyebutakémengkéné: "Saben wong sing nyebutasmané Pangéran bakal slamet."14Nanging kepriyé bisané wong padhanyebut asmané Gusti Allah, menawadurung padha precaya? Lan kepriyébisané padha precaya yèn durungtau padha krungu pangandikané? Lankepriyé enggoné padha bisa krungupangandikané, yèn pangandika mau oradiwartakaké?

ROMA 10.15–19 5215Lan kepriyé enggoné diwartakaké,yèn ora ana sing diutus martakaké?Pangandikané Kitab Suci mengkéné:"Iba beciké wong sing padha tekanggawa pawarta becik."16Nanging ora kabèh wong padhagelem nampa pawarta becik mau.Nabi Yésaya dhéwé ngandika: "DhuhPangéran, sinten ingkang badhé pitadosdhateng pawartos ingkang kawulawartosaken?"17Dadi precaya kuwi thukulé mergakrungu pawarta, lan pawarta maupiwulang bab Sang Kristus.18Saiki aku takon: Apa wong-wongkuwi durung krungu pawarta mau?Mesthi uwis! Awit ing Kitab Suci anapangandika: "Swarané wong-wong singnggawa pawarta kuwi sumrambah ingsajagad sarta tembungé wis tekan tapelwatesé bumi."19Aku takon menèh: Apa wong Israèlpadha ora ngerti? Nabi Musa sing bakalmangsuli dhisik dhéwé, mengkéné:"Gusti Allah ngandika: ‘Aku bakalndakèkaké kowé mèri karo umat, singsatemené ora kena diarani umat, lan Aku

ROMA 10.20–11.3 53

bakal gawé nepsumu marang bangsasing bodho.’"20Nabi Yésaya luwih kendel nalikangandika: "Gusti Allah ngandika: ‘Akuditemokaké déning wong-wong singpadha ora nggolèki Aku; Aku ngetingalmarang wong-wong sing ora nakokakéAku!’"21Nanging tumraping bangsa Israèl,Nabi Yésaya ngandika: "PangandikanéGusti Allah: ‘Sedina muput enggon-Kumulung asta-Ku marang bangsa singmbangkang lan madoni kuwi.’"

111Yèn mengkono aku takon: "Apakirané Gusti Allah wis nampik

umaté? (bangsa Israèl). Babar-pisanora! Aku dhéwé iki iya wong Israèl,tedhak-turuné rama Abraham, saka talerBènyamin."2Gusti Allah ora nampik umaté sing wisdipilih wiwit-wiwitan mula. Kowé padhangerti surasané ayat ing Kitab Sucibab Nabi Elia, nalika nggugat bangsaIsraèl ana ing ngarsané Gusti Allah aturémengkéné:3 "Dhuh Pangéran, tiyang Israèl menikasampun sami mejahi nabi-nabi Paduka,mekaten ugi sampun sami ngrisak

ROMA 11.4–7 54

mesbèh-mesbèh Paduka, ngantoskantun kawula piyambak ingkang taksihgesang, mangka tiyang-tiyang menikasamenika inggih ngangkah mejahikawula."4Nanging kepriyé wangsulané GustiAllah marang Nabi Élia? Pangandikané:"Isih ana wong pitung èwu singDakngèngèh kanggo Aku dhéwé, singdurung tau nyembah marang Baal."5Mengkono uga saiki: Iya ana wong-wong sing cacahé ora akèh, sing wisdipilih déning Gusti Allah awewatonsih-rahmaté.6Déné pamilihé Gusti Allah kuwiora gumantung saka penggawénéwong-wong mau, nanging alandhesansih-rahmaté Gusti Allah piyambak.Menawa pamilihé Gusti Allah maugumantung saka penggawéné utawalabeté manungsa marang Gusti Allah,sing diarani sih-rahmat mau banjur wisdudu sih-rahmat menèh.7Banjur kepriyé saterusé? Umat Israèlwis ora bisa nemu apa sing padhadigolèki. Mung ana sapantha cilik sakaantarané umat Israèl sing kapilih déningGusti Allah. Ya mung wong sethithik kuwi

ROMA 11.8–11 55

sing padha bisa nemu. Liyané padha dadibudheg tumrap timbalané Gusti Allah.8Kaya sing kasebut ing Kitab Suci: "Atilan pikirané wong-wong kuwi wis digawékethul déning Gusti Allah, nganti seprénéwong-wong mau padha ora bisa ndelengsrana mripaté lan ora bisa ngrungu sranakupingé."9Mengkono uga pangandikanéSang Prabu Dawud: "Menawi samingawontenaken pésta, péstanipunmenika dadosa kala jiret, dadosajalaranipun sami kesandhung, dadosapaukuman!10Mripatipun dadosa peteng, ngantosmboten sami saged ningali; kadamelasami bungkuk mergi kamomotan déningkasisahanipun!"11Yèn mengkono aku daktakonmenèh: Bangsa Yahudi enggonépadha kesandhung kuwi apa supayapadha nemu karusakan? babar-pisanora! Nanging sarèhné kita padhanglakoni dosa, mulané keslametannuli diparingaké déning Gusti Allahmarang bangsa-bangsa liya, supayawong-wong Yahudi padha mèri marang

ROMA 11.12–16 56

bangsa-bangsa sing padha nampakeslametan mau.12Yèn dosa lan paneraké wong Yahudikuwi njalari bangsa-bangsa sajagadkalubèran berkahé Gusti Allah, saibasaya gedhéné berkah mau, saupamawong Yahudi kabèh padha kapitulunganslamet!13Saiki aku dakkandha karo wong-wongdudu Yahudi: Salawasé aku dadi rasulsing kautus marang bangsa-bangsa duduYahudi, aku nganggep, pegawéanku ikisawijining pegawéan sing mulya.14Srana mengkono, bisa uga aku njalaribangsaku padha dadi mèri, banjur anasawetara sing banjur mratobat, temahkaslametaké.15Sebab nalika biyèn wong-wong maupadha ditampik déning Gusti Allah, kuwinjalari jagad karukunaké karo GustiAllah, lan dadi mitrané Gusti Allah.Banjur saupama wong-wong mau padhamratobat lan ditampa déning Gusti Allah,apa kuwi ora ateges yèn wong-wongmau padha katangèkaké saka ing pati?16Yèn cuwilané roti sing dhisik dhéwékacaosaké marang Gusti Allah, kuwiateges yèn roti mau kabèh kacaosaké

ROMA 11.17–20 57

Gusti Allah. Yèn oyodé kagungané GustiAllah, ateges nganti saepang-epangé iyakagungané Gusti Allah.17Upamané mengkéné: Ana pangsawetara sing dipagas saka wit zaitunsing becik. Banjur ana pang saka witzaitun alasan sing dicangkokaké ana ingwit zaitun sing becik mau. Kowé parawong precaya sing asalé saka bangsadudu Yahudi, kuwi kena diumpamakaképangé wit zaitun alasan mau. Lan saikikowé padha mèlu ngrasakaké kekuwatanlan kalubèraning uripé wong Yahudi.18Mulané kowé aja padha ngina marangwong-wong sing padha kapagas kayapang-pangé wit zaitun mau. Kepriyébisané gumunggung? Kowé rak mumgpang waé; kowé rak ora nyanggaoyoding wit, malah oyod kuwi singnyangga kowé.19Kowé uga bisa kandha mengkéné:"Pang-pang kuwi enggoné kapagas raksupaya aku dicangkokaké ana ing kono?"20Kuwi bener. Enggoné padha kapagaskuwi merga padha ora precaya, lanenggonmu kacangkokaké kuwi mergakowé padha precaya. Nanging aja padhagumunggung, aluwung padha wedia.

ROMA 11.21–24 5821Sebab menawa Gusti Allah orangéman wong Yahudi, yakuwi pang-pangsing asli, apa kokkira bakal ngémanmarang kowé?22Srana mengkono kita sumurupkemurahané lan kerasé Gusti Allah.Panjenengané keras tumrap wong singnampik marang Panjenengané, nangingloma marang kowé, semono mau yènkowé padha lestari ana ing sih-rahmaté.Nanging yèn kowé ora lestari ana ingsih-rahmaté, kowé bakal kapagas uga.23Menawa wong Yahudi sing wis padhakapagas mau, pada bali mratobatmenèh, wong-wong mau bakal padhakabalèkaké, katancepaké menèh ana ingwit zaitun sing becik mau, jalaran GustiAllah kagungan pangwasa nancepakéwong-wong kuwi mau menèh.24Kowé, para wong kapir, kayapangé wit zaitun alasan sing kapagas,kacangkokaké ana ing wit zaitun singbecik sing dudu asalmu. Déné wongYahudi kuwi kaya pangé wit zaitun singbecik mau; rak luwih gampang ingngatasé Gusti Allah, nancepaké pangsing dipagas mau, kabalèkaké menèhana ing wité sing asli.

ROMA 11.25–29 5925Para sedulur, ana wewadi, sing preludakkandhakaké marang kowé, supayaaja nganti kowé duwé penemu, yèn kowékuwi wis pinter dhéwé. Wewadi maumengkéné: Wong Israèl enggoné padhamangkotaké atiné kuwi ora kanggoselawasé nanging mung nganti genepcacahé wong kapir sing wis mlebu dadikagungané Gusti Allah.26Kaya mengkono enggoné umatIsraèl kabèh kaslamataké. Kuwi manutsurasané Kitab Suci mengkéné: "SangJuru Slamet bakal rawuh saka Sion,Panjenengané bakal nyingkirakésakèhing durakané para turuné Yakub.27Aku bakal janji yakuwi samangsa Akungapura dosané."28Merga wong Yahudi padha nampikInjil, padha dadi mungsuhé Gusti Allah,kuwi dadi lan becikmu, para wong duduYahudi. Nanging merga kapilih déningGusti Allah, wong Yahudi mau padhadadi mitrané Gusti Allah, krana sakapara leluhuré.29Sebab Gusti Allah kuwi penggalihéora malih tumrap wong sing wis dipilihlan diberkahi.

ROMA 11.30–36 6030Mungguh kowé, para wong duduYahudi, biyèn kowé padha mbalélamarang Pangéran; nanging saiki, mergasaka pamurangsaraké wong Yahudi,kowé wis padha tampa sih-kamirahanéGusti Allah.31Mengkono uga, merga kowé wispadha nampani sih-rahmat, wong Yahudisaiki padha mbaléla, nanging wekasnéuga nampani sih-rahmaté Gusti Allah.32Sebab wong kabèh wis didadèkakétawanan merga pambalèlané, supayaGusti Allah nglairaké sih-piwelasémarang wong mau.33 Iba agungé kasugihané GustiAllah! Saiba jeroning pamirsa lankawicaksanané! Sapa sing bisanerangaké carané damel putusan? Sapasing ngerti tumindaké pakaryané?34Kaya sing dingandikakaké ana ingKitab Suci: "Sapa sing ngerti penggalihéGusti Allah? Sapa sing bisa ngaturipamrayoga?35Sapa sing wis tau nyenyaosiPanjenengané nganti Panjenenganékepotangan marang wong mau?36Awit Gusti Allah kuwi nitahakésamubarang. Samubarang kabèh kuwi

ROMA 12.1–3 61

pinangkané saka Gusti Allah lan kagemPanjenengané. Mula kamulyakna ingselawas-lawasé! Amin."

121Sarèhné semono gedhéningsih-rahmaté Gusti Allah marang

kita, para sedulur, mulané kowépadha nyaosna badanmu dadi kurbansing urip kagem Gusti Allah, kanggongladosi pakaryané, kang gawé renaningpenggalihé. Ya sing kaya mengkono kuwipatrapé enggonmu ngibadah.2Aja mung padha mèlu-mèlu kayasing dilakoni déning jagad iki; nangingpasrahna marang Gusti Allah, supayabudimu dadia anyar. Srana mengkonokowé bakal ngerti, apa sing dadi kersanéGusti Allah — yakuwi sing becik, singdadi keparengé, lan sing sampurna.3 Iya merga saka sih-rahmaté GustiAllah sing diparingaké marang aku,kowé kabèh padha dakkandhani: Ajapadha gumedhé, nanging pikiran lanatimu sing presaja. Lan saben wongpadha mawasa awaké dhéwé mituruttakeraning precaya sing kaparingakédéning Gusti Allah.

ROMA 12.4–8 624 Ing badan kita ana gegelitanépirang-pirang, sing padha duwé tugasdhéwé-dhéwé.5Semono uga senajan kita ikiakèh, nanging kita mung siji ana ingpatunggilané Gusti Yésus Kristus, singsiji lan sijiné padha katunggilaké dadigegelitan-gegelitan ing badan siji.6Mulané kita kudu migunakakéganjaran-ganjaran sing béda-béda maumiturut sih-rahmat sing kaparingakédéning Gusti Allah marang kita. Yènkaparingan ganjaran medharaképangandikané Gusti Allah, kudunindakaké manut takeraning precayané.7Yèn kaparingan ganjaran ngladèni(utawa tetulung), iya kudu ngladèni.Yèn ganjaran memulang iya padhamemulanga.8Yèn ganjaran kanggo ngatag-atag,iya padha ngatag-ataga. Sapa singngedum-edumaké barangé marangwong liya, nindakna klawan éklasing ati;sing dadi panuntun, nindakna klawantaberi; sing olah kawelasan, nindaknakanthi bungahing ati.

ROMA 12.9–16 639Tresnaa klawan éklas. Padha sengitamarang piala; sing becik padhaantepana.10Padha tresna-tinresnanana klawanati kang bungah, kaya sedulur marangsedulur ana ing brayaté Sang Kristus.Siji lan sijiné padha ajèn-ingajènan.11Padha nyambuta-gawé klawan taberi;aja padha kesèd. Pengabdimu marangGusti Allah lakonana klawan sumarah lanéklasing ati.12Padha bungaha sajroning pengarep-arep, padha disabar sajroning nandhangkarubedan, lan tansah padha ndedongaa.13Apa saduwèkmu tanjakna kanggomitulungi para sedulurmu sing padhakesrakat, lan padha dhangana awèhpanginepan marang wong neneka.14Wong sing padha nguya-uya marangkowé padha suwunna berkah marangGusti Allah; ya suwunna berkah, ajakoksuwunaké laknat.15Padha bungah-bungaha karo wongsing bungah, lan nangisa karo wong singlagi nangis.16Sajroning pesrawungan karowong kabèh, aja nganggo mbédak-mbédakaké. Aja padha gumunggung,

ROMA 12.17–13.1 64

padha dhangana nglakoni pegawéansing dianggep asor. Aja kuminter!17Aja males ala marang wong singgawé piala marang kowé. Padha ngudianindakaké apa sing dianggep becikdéning wong akèh.18Sabisa-bisa udinen supaya uripmurukun karo wong kabèh.19Para sedulur, aja pisan-pisannindakaké pemales merga sengit,jalaran Gusti Allah piyambak singmalesaké. Sebab ing Kitab Suci anapangandika mengkéné: "Pemaleskuwi wewenang-Ku. Aku (Gusti Allah)sing bakal malesaké, mengkonopangandikané Pangéran."20Malah pangandikané Gusti Allahmengkéné: "Yèn satrumu keluwèn,wènèhana mangan; yèn ngelakwènèhana ngombé. Sebab srana patrapmengkono ndadèkaké wirangé lanngakoni keluputané."21Kowé aja nganti dikalahaké déningpiala, malah piala mau kalahna sranakabecikan.

131Saben wong mbangun-turutamarang para pangwasané negara.

Sebab ora ana pangwasa sing anané

ROMA 13.2–5 65

tanpa kersané Gusti Allah, lan parapangwasa sing ana kuwi kaadegakédéning Gusti Allah.2Sapa sing nglawan marang pangwasasing mbawahaké, kuwi ateges nglawanmarang prenatané Gusti Allah. Lan sabenwong sing nindakaké mengkono, kuwinekakaké paukuman marang awakédhéwé.3Sebab wong sing nindakaké kabecikanora prelu wedi karo penggedhé, kejabayèn wong mau nglakoni piala. Apa kowékepéngin urip tanpa wedi marang wongsing nyekel pangwasa? Yèn mengkono,padha nindakna apa sing becik, supayakowé padha olèh pengalemé.4Sebab wong sing nyekel pangwasakuwi abdiné Gusti Allah, sing nyambut-gawé murih becikmu. Nanging yèn kowénindakaké piala, wis samesthiné kowéwedi, sebab pangwasa kuwi abdiné GustiAllah, wenang ngukum lan nindakakébebenduné Gusti Allah tumrap wong singnglakoni piala.5Kuwi sebabé kowé kudu padhambangun-turut marang para pangwasa,ora mung merga saka bebenduné Gusti

ROMA 13.6–10 66

Allah waé, nanging uga merga sakarumangsaning ati kita dhéwé.6 Iya merga saka kuwi kowé padhakuwajiban mbayar pajeg, sebab parapangwasa kuwi padha nyambut-gawékagem Gusti Allah, srana padha nglakonikuwajibané.7Mulané padha mbayara marangpangwasa apa sing dadi kuwajibanmu;yèn pajeg ya pajeg; yèn hormat lanpakéring, iya ngurmatana lan padhaéringa.8Aja padha duwé utang marang sapawaé, kejaba utang katresnan marangpadha sedulur. Sapa sing tresna marangsapepadhané, kuwi sing nglakoniangger-anggeré Gusti Allah.9Awit angger-angger sing muni:"Aja laku bédhang, aja mematèni, ajanyolong, aja mélik" lan angger-anggerliyané, kuwi kabèh wis kecakup ana ingdhawuh: "Tresnaa marang sapepadhamudikaya enggonmu tresna marangawakmu dhéwé!"10Sapa sing tresna marang pepadhanékuwi ora bakal nandukaké piala marangpepadhané mau. Sebab sing nandukaké

ROMA 13.11–14.1 67

katresnan, kuwi padha karo nglakoniangger-anggeré Gusti Allah.11Prekara tresna tinresnan kuwi kudupadha koktindakaké, sebab kowé ngertiyèn saiki mangsané kowé padha tangisaka enggonmu turu. Sebab mangsanéenggon kita padha kaslametaké kuwisaiki wis luwih cedhak ketimbang karodhèk biyèn, nalika kita manjing precaya.12Benginé wis mèh entèk, saiki wismèh raina. Mulané ayo padha marèninglakoni penggawé kang dilakoni ana ingpetengan, lan ayo padha nggunakakégegamaning perang ana ing padhangan!13Tingkah laku kita sing becik, kayadéné wong sing urip ana ing wayah raina.Aja padha nguja pakareman manganlan endem-endeman, aja laku jina sartangumbar hawa-nepsu, aja padha tukarpadu lan aja kemèrèn.14Nanging Gusti Yésus Kristus singnemtokaké, apa sing kudu koktindakaké,karebèn aja mung padha nurutipepénginaning daging sing dosa, mburumarang kemaremané hawa-nepsu.

141Sedulurmu sing ringkihprecayané kuwi tampanana, lan

ROMA 14.2–5 68

aja kokajak dhébatan bab panemunédhéwé.2Ana wong precaya sing duwé penemu,yèn dhèwèké mono bébas, kena manganapa waé. Nanging ana wong sing imanéringkih, sing mung mangan sayuranthok.3Wong sing rumangsa bébas olèhmangan apa waé, kuwi aja nginamarang wong sing ora mangan kayamengkono, lan wong sing mung mangansayuran, aja nyalahaké marang wongsing mangan panganan apa waé, sebabGusti Allah wis marengaké wong maumangan mengkono.4Kowé kuwi sapa ta, déné arepnyalahaké abdiné wong liya? Mungbendarané wong kuwi dhéwé singwenang netepaké, apa wong mau tangiapa tiba, bener apa luput. Yèn wongmau tangi utawa bener, kuwi mergaGusti Yésus sing maringi kabisan marangwong mau.5Ana wong sing nganggep dina singsiji luwih becik ketimbang karo dinaliyané, nanging uga ana wong singduwé penganggep, yèn dina kuwi padha

ROMA 14.6–10 69

waé. Kabèh padha manut pangrasanédhéwé-dhéwé.6Wong sing nganggep dina sing sijiluwih aji ketimbang karo dina liyané,kuwi enggoné duwé panemu mengkonomerga ngurmati marang Gusti Yésus. Lanwong sing mangan sabarang panganan,kuwi iya merga ngurmati marang GustiYésus, sebab wong mau saos panuwunmarang Gusti Allah. Semono uga wongsing ora mangan sabarang panganan,iya kanggo atur panuwun marang GustiAllah.7Ora ana panunggalan kita sing uriputawa mati mung mligi kanggo awakédhéwé.8Yèn kita urip, urip kita kuwi kagemGusti, lan yèn kita mati, pati kita ugakagem Gusti. Apa kita urip, apa mati,kita tetep dadi kagungané Gusti.9Sebab Sang Kristus séda lan wungusupaya dadi Gustiné wong urip lan wongmati.10Yèn mengkono, apa sebabé kowényalahaké sedulurmu? Apa sebabé kowéngina marang sedulurmu? Kita kabèhrak bakal padha ngadhep ing ngarsané

ROMA 14.11–15 70

Gusti Allah, lan bakal diadili déningPanjenengané?11Sebab ing Kitab Suci katulis:"Satemené," mengkono pangandikanéGusti Allah, "saben wong bakal sujuding ngarsa-Ku; lan saben wong bakalngakoni yèn Aku iki Allah."12Yèn mengkono, kita bakal ngaturaképenjawab ijèn-ijèn ana ing ngarsanéGusti Allah.13Yèn mengkono beciké kita aja padhanyalahaké siji lan sijiné. Aluwung kita ajapadha nindakaké apa-apa, sing sekirabisa marakaké sedulur kita kesasarutawa tumiba ing dosa.14Merga saka enggonku tetunggilankaro Gusti Yésus, aku bisa nemtokakéyèn ora ana barang apa waé sing najissaka karepé dhéwé, nanging yèn anawong sing nganggep sawenèhing barangkuwi najis, barang kuwi tumrap wongmau nuli najis.15Yèn srana enggonmu manganpanganan gawé laraning atinésedulurmu, tumindakmu kuwi wis oraadhedhasar katresnan. Enggonmumangan kuwi aja nganti njalari wong

ROMA 14.16–21 71

liya kesasar, sebab Sang Kristus wisnglampahi séda kanggo wong mau.16Aja nganti prekara sing kokanggepbecik, kuwi dadi dianggep ala déningwong liya.17Sebab Kratoné Gusti Allah kuwi duduprekara mangan lan ngombé, nangingprekara bebeneran, katentreman lankabungahan peparingé Sang Roh Suci.18Sing sapa ngladèni Sang Kristusnganggo patrap mengkono, kuwi gawérenaning penggalihé Gusti Allah, landiajèni déning pepadhané.19Mulané selawasé kita ngarahanindakaké prekara-prekara sing gawépirukun, sarta sing saya nyantosakaképrecayané siji lan sijiné.20Kowé aja padha mbubrah pakaryanéGusti Allah mung merga prekara pangan.Kabèh pangan kuwi kalal, nangingsaupama mangan barang sing marakakéwong liya tumiba ing dosa, kita dadisalah.21Luwih becik aja mangan daging,utawa aja ngombé anggur, utawa ajanindakaké apa waé sing marakakésedulurmu tumiba ing dosa.

ROMA 14.22–15.3 7222Luwih becik keyakinanmu kuwikoksimpen ing atimu dhéwé lan mungdisumurupi déning kowé dhéwé lanGusti Allah. Begja wong sing ora digugatdéning atiné dhéwé, samangsa wongmau nindakaké sawijining prekara singdiwawas becik.23Nanging wong sing sadurungémangan atiné wis mangu-mangu dhisik,yèn sida mangan wong kuwi bakalkaukum déning Gusti Allah, sebabpamangané mau ora metu saka ingprecaya. Lan samubarang sing oraadhedhasar precaya kuwi dosa.

151Kita sing padha kuwatprecayané, kudu nyabari para

sedulur sing precayané ringkih. Kita ajapadha mburu marang kesenengan kitadhéwé waé.2Malah kita dhéwé-dhéwé kudupadha ngarah gawé senengé atinésedulur-sedulur kita, amrih becikésedulur-sedulur mau, supaya precayanédadia sentosa.3Sebab Sang Kristus uga ora ngupayakasenengané piyambak, nanging kayakang dingandikakaké ing Kitab Suci:"Awit sedaya tembung penacadipun

ROMA 15.4–8 73

tiyang dhateng Paduka, dhawahipunwonten ing kawula."4Awit samubarang sing katulis ana ingKitab Suci, kuwi minangka piwulangtumrap kita, supaya kita duwé pengarep-arep, mung marang Gusti Allah sranakesabaran lan pangatag-atag, singkawulanga déning Kitab Suci mau.5Muga-muga Gusti Allah, etuking sabarmantep sarta panglipur, ndadèkakékowé bisa tunggal panemu karo padhasedulur, srana enggonmu nulad marangSang Kristus Yésus.6Supaya kowé klawan saiyeg padhabisa ngluhuraké Gusti Allah, RamanéGusti kita Yésus Kristus.7Kaya déné Gusti Yésus Kristusenggoné wis nampani kowé, semono ugakowé padha nampanana pepadhamu,kagem kaluhurané Gusti Allah.8Awit kaya sing wis dakkandhakaké,yèn Sang Kristus wis ngasoraké sarirané,dadi budhak tumraping wong Yahudi,supaya ngetingalna kasetyané GustiAllah, uga supaya prejanji-prejanjinéGusti Allah karo para leluhur, kelakontemenan.

ROMA 15.9–14 749Semono uga supaya para wongdudu Yahudi ngluhuraké Gusti Allah,merga sih-rahmaté. Kaya sing katulising Kitab Suci mengkéné: "Mila kawulabadhé ngluhuraken Paduka, wonten ingsatengahing para bangsa, saha memujiasma Paduka kanthi ngidungakenpepujian."10Lan uga ngendika mengkéné: "Hé,para bangsa, padha bungah-bungaha,bareng karo umaté kang kapilih."11Lan menèh: "Hé, para bangsa, padhasaosa puji marang Pangéran, sartasakèhing taleré bangsa padha memujiamarang Panjenengané."12Sabanjuré Nabi Yésaya ngandika:"Bakal ana sogol thukul saka tunggakéIsai, bakal jumeneng ngerèh parabangsa sarta iya Panjenengané kuwi singdadi pengarep-arepé para bangsa mau."13Muga-muga Gusti Allah, etukingpengarep-arep, ngebakana atimu klawankabungahan lan katentreman, amargaprecayamu marang Panjenengané,supaya pengarep-arepmu lestari tuwuhdéning pakaryané Sang Roh Suci.14Para sedulur: Aku yakin, yèn kowésugih kabecikan, sarta mumpuni ing

ROMA 15.15–18 75

sadhéngah kawruh; mula bisa mulangsapepadhamu.15Éwasemono ing layang iki akukumawani ngandhakaké prekarasawetara klawan kendel, arupa pepélingsing wis dakkabaraké marang kowé.Enggonku wani nulis klawan kendel, kuwimerga saka ganjaran sing kaparingakédéning Gusti Allah marang aku.16Yakuwi enggonku kadadèkaké abdinéGusti Yésus Kristus, supaya nyambut-gawé ana ing antarané bangsa-bangsadudu Yahudi. Enggonku ngabaraké InjiléGusti Allah kuwi presasat imam, supayawong dudu Yahudi bisa dadi kurban kanggawé renaning penggalihé Gusti Allah,lumadi marang Panjenengané, mergadéning pakaryané Sang Roh Suci.17Mulané ana ing patunggilané GustiYésus Kristus, atiku mongkog dénékepareng lelados kagem Gusti Allah.18Aku mung wani nyritakaké apa singwis ditindakaké Sang Kristus lumantaraku, yakuwi nuntun bangsa-bangsa duduYahudi srana tembung lan penggawé,supaya padha mbangun-turuta marangGusti Allah.

ROMA 15.19–24 7619Leladiku mau srana migunakaképratandha lan mujijat sarta pangwasanéSang Roh Suci. Iya kaya mengkono mau,sajroné lelungan saka kutha Yérusalèmtekan tanah Ilirikum, sedalan-dalan akutansah ngabaraké Injil kanthi jangkep,bab Gusti Yésus Kristus.20Sing dakkepéngini banget kuwingabaraké Injil ing panggonan-panggonan sing durung tau krungubab Gusti Yésus Kristus, supaya sranamengkono aku ora ngedegaké bangunanana ing pondhasi yasané wong liya.21Kaya sing katulis ing Kitab Suci:"Wong sing durung tau kawartanan babPanjenengané, bakal padha ndelengPanjenengané, sarta wong sing durungtau krungu bab Panjenengané, bakalpadha mangerti."22 Iya merga sing mengkono mau, akutansah kepalang enggonku nekani kowé.23Nanging saiki pegawéanku ingwilayah kéné wis rampung, lan sarèhnéwis pirang-pirang taun enggonkukepéngin niliki kowé,24panyuwunku muga-muga bisakelakon. Yèn aku lelungan menyangSpanyol, aku kepéngin mampir mrono

ROMA 15.25–28 77

niliki kowé. Sawisé mampir sawetaralawasé ana ing kutha Rum, aku kepénginkokbantu supaya bisa nerusaké lakukumenyang Spanyol.25Saiki aku lagi lelungan menyangkutha Yérusalèm, ngladosi umaté GustiAllah sing ana ing kono.26Sebab pasamuwan-pasamuwan ingtanah Makédonia lan tanah Yunani wisgawé putusan metu saka lilaning atiné,ngirimaké sumbangan kanggo paraumaté Gusti Allah ing kutha Yérusalèm,sing padha kesrakat.27Putusan kuwi metu saka karepéwong-wong mau dhéwé, lan pancènsanyatané, wong-wong kuwi padha duwékuwajiban mbiyantu sedulur-sedulursing miskin. Wong Yahudi wis padhangedum-edumaké bandhané kasukmanana ing antarané bangsa dudu Yahudi,mula wis samesthiné, yèn bangsa duduYahudi mau genti padha mbiyantuwong-wong Yahudi nganggo bandhanékadonyan.28Yèn tugasku iki wis rampung,yakuwi yèn aku wis masrahaké dhuwitmau kabèh, sing dikumpulaké kanggowong-wong miskin ing kutha Yérusalèm,

ROMA 15.29–33 78

aku bakal mangkat menyang tanahSpanyol, lan mampir niliki kowé ana ingkutha Rum.29Aku yakin, yèn satekaku ana ingantaramu, bakal nggawa berkahé SangKristus sakatogé.30Para sedulur! Krana asmané GustiYésus Kristus, lan krana sih-katresnanpeparingé Sang Roh Suci, kowé dakjalukpadha bebarengan ndedonga kalayantumemen karo aku, nyuwun marangGusti Allah, supaya aku kaparinganakeslametan.31Aku padha dongakna supayaaku kauwalaké saka panguya-uyanépara wong sing ora precaya ana ingtanah Yudéa, lan supaya enggonkunglakoni ayahan ditampa becik déningumaté Gusti Allah, sing ana ing kuthaYérusalèm.32Srana mengkono, yèn diparengakédéning Gusti Allah, aku bisa nekanikowé klawan ati kang bungah, temahenggonku niliki kowé mau gawé segeréatiku lan atimu.33Muga-muga Gusti Allah, etukingkatentreman, nunggil karo kowé. Amin.

ROMA 16.1–7 79

161Aku kepéngin nepungaké kowékaro Fébé, sedulur wanita sing

leladi ana ing pasamuwan Kèngkréa.2Demi patunggilan kita karo GustiYésus, sedulur kuwi tampanana ingsamesthiné kaya sing padha katindakakédéning umaté Gusti Allah. Fébé mauwènèhana pitulungan apa waé singdibutuhaké, sebab Fébé dhéwé wismitulungi wong akèh, klebu aku dhéwé.3Aku kirim salam kanggo Priskila lanAkwila, kancaku tunggal gawé ana ingayahané Gusti Yésus Kristus,4kang wis ngetohaké nyawané kanggomitulungi aku. Ora mung aku dhéwé waé,malah uga sakèhing pasamuwan duduYahudi padha kepotangan kabecikankaro wong loro kuwi.5Uga salamku marang pasamuwan-pasamuwan sing padha kumpulan anaing omahé. Salam marang sedulurkuÉpénétus, sing daktresnani, wongkawitan sing dadi Kristen ing tanah Asia.6Salamku marang Maria, sing wisnyambut-gawé akèh kanggo kowé.7Salam marang Andronikus lan Yunias,kancaku tunggal bangsa sing mèludikunjara bebarengan karo aku; wong

ROMA 16.8–14 80

loro kuwi padha kajèn ing antarané pararasul, lan enggoné dadi Kristen malahluwih dhisik ketimbang aku.8Salamku marang Ampliatus, singdaktresnani ana ing patunggilané Gusti.9Uga marang Urbanus, kancakutunggal ayahan ana ing Sang Kristus.Sarta marang Stakhis, mitraku singdaktresnani.10Salam marang Apèlès, sing setyabanget marang Gusti Kristus. Uga salamkanggo brayaté Aristobulus,11 lan marang Hérodian, sedulurkutunggal bangsa. Salam marang sedulur-sedulur Kristen sing ana ing brayatéNarkisus.12Salamku uga marang Triféna lanTrifosa, sing padha nyambut-gawé akèhkanggo ngladosi Gusti, lan salam marangPèrsis, sing daktresnani, sing wis akèhbanget labeté ana ing pakaryané Gusti.13Aku kirim salam marang Rufus, abdising utama dhéwé ing ayahané Gusti,lan salam marang ibuné, sing salawaséngrengkuh aku kaya anaké dhéwé.14Salamku marang Asinkritus, Flégon,Hèrmes, Patrobas, Hèrmas, sarta para

ROMA 16.15–19 81

sedulur Kristen liyané sing ana ingpepanthan kono.15Salam marang Filologus lan Yulia,marang Nérus lan mbakyuné, marangOlimpas lan marang umaté Gusti Allahsing ana ing pepanthan kono.16Padha anduma salam paseduluran,pasamuwan-pasamuwané Sang Kristuspadha kirim salam marang kowé.17Para sedulurku, aku weling supayakowé padha waspada ing ngataséwong sing padha nekakaké crah lanmbuyaraké kaprecayan lan sing padhamemulang cengkah karo piwulang singwis padha koktampa. Wong-wong singkaya mengkono kuwi singkirana.18Sebab wong-wong sing kayamengkono mau ora ngladosi Gusti YésusKristus, nanging nggugu karepé dhéwé.Wong-wong mau padha ngapusi wongsing kaprecayané lugu, srana tembung,pengalem lan pangrimuk.19Saben wong wis padha ngerti babkasetyanmu marang Injil, lan ing babprekara kuwi aku rumangsa begja.Pengarep-arepku kowé padha tumindakaklawan kawicaksanan ing bab prekara-

ROMA 16.20–25 82

prekara sing becik, lan dadia wong singbodho tumrap prekara-prekara sing ala.20Lan Gusti Allah etuking katentremankita, bakal ngremuk Iblis ana ingsangisoring tlapakané sikilmu. Sih-rahmaté Gusti Yésus anaa ing kowékabèh.21Timotius kancaku tunggal gawé,kirim salam; mengkono uga Lukius,Yason, lan Sosipater, kanca-kancakutunggal bangsa Yahudi.22 (Kula piyambak, Tèrtius, ingkangnyerat serat menika, ugikintun salamdhateng panjenengan sedaya wontening patunggilanipun Gusti Yésus.)23Gayus, sing awèh pamondhokanmarang aku, lan marang pasamuwan,kirim salam marang kowé kabèh. UgaÉrastus, bendhaharaning kutha kéné,lan Kwartus, padha kirim salam uga.24 [Sih-rahmaté Gusti Yésus Kristusanaa ing kowé kabèh. Amin.]25Kita padha ngluhurna asmanéGusti Allah! Panjenengané kuwi kwasanyantosakaké precayamu manut Injilsing dakwartakaké, yakuwi pawartabab Gusti Yésus Kristus, condhongkaro kamirahané sing kalairaké, sing

ROMA 16.26–27 83

kasidhem nganti pirang-pirang abadlawasé.26Nanging kamirahan mau saiki wisdiwedharaké ana ing Kitabé para nabi.Atas dhawuhé Gusti Allah sing langgeng,kamirahan kuwi wis diwartakaké marangpara bangsa kabèh, supaya wong kabèhpadha precaya lan mbangun-turutamarang Gusti Allah.27Ya Gusti Allah, sing Mahawicaksana.Kasaosana sakèhing puji lanpakurmatan, lantaran Gusti YésusKristus ing selawas-lawasé. Amin. Sakaaku, Paulus, abdiné Sang Kristus Yésus

1 Korintus

11Layang saka Rasul Paulus, singkatimbalan dadi rasulé Gusti Yésus

Kristus saka kersané Gusti Allah, lan ugasaka sedulur kita Sostenès, tumekaamarang pasamuwané Gusti Allah ingkutha Korintus, yaiku marang wongkabèh sing wis padha katimbalan dadiumaté Gusti Allah sing kasucèkaké sranaenggoné tetunggalan karo Gusti YésusKristus; semono uga marang sakèhingwong ing ngendi waé, sing padha nyebutasmané Gusti Yésus dadi Gustiné, laniya dadi Gusti kita.2 (1:1)3Gusti Allah, Rama kita, lan GustiYésus Kristus, maringana sih-rahmat lankatentreman marang kowé.4Aku tansah saos sukur marang GustiAllah ing ngatasé kowé, merga sakasih-rahmat sing wis diparingaké marangkowé lantaran Gusti Kristus Yésus.5Sebab ing sajroné patunggalanmukaro Gusti Kristus, kowé wis padha dadi

1 KORINTUS 1.6–12 2

sugih samubarang, iya bab enggonmucaturan, iya bab kawruhmu.6Piwulang bab Gusti Kristus kuwi wisrumesep ana ing atimu,7nganti sajroné kowé isih padhangarep-arep rawuhé Gusti Yésus Kristus,kowé wis padha nampa sarupaningganjaran saka Rohé Gusti Allah.8Mengkono uga Sang Kristus piyambakbakal ngreksa marang kowé ngantitekan ing wekasan, supaya mbésuk ingDinané Gusti rawuh, ngadili jagad iki,kowé padha tinemu tanpa cacad.9Gusti Allah Mahasetya wis nimbalikowé marang patunggilané Kang Putra,Gusti Yésus Kristus, iya Gusti kita.10Atas asmané Gusti kita Yésus Kristus,wanti-wanti welingku marang kowékabèh, para sedulur, supaya padhatunggala ing panemu tumrap prekara-prekara sing padha kokrembug, supayapanemumu aja nganti béda-béda. Padhatunggala pikiran lan kekarepan.11Sebab aku krungu saka wong-wonging brayaté Kloè, yèn ing antaramu anadredah,12 siji lan sijiné padha élon-élonan. Singsiji muni: "Aku mèlu Rasul Paulus," liyané

1 KORINTUS 1.13–17 3

muni: "Aku mèlu Apolos," liyané menèhmuni: "Aku mèlu Rasul Pétrus," lan wongliya menèh muni: "Aku pendhèrèké SangKristus."13Apa Sang Kristus kuwi pisah-pisahdadi pirang-pirang golongan? Apa RasulPaulus mati disalib kanggo kowé? Apakowé biyèn padha dibaptis, supaya dadimuridé Rasul Paulus?14Aku saos sukur marang Gusti Allah,déné aku ora mbaptis sapa-sapa anaing antaramu, kejaba mung Krispus lanGayus.15Temah ora ana wong sing bisangarani, yèn kowé biyèn padha dibaptissupaya dadi murid-muridku.16 (O, iya aku lali, pancèn aku biyènmbaptis Stéfanussabrayaté; nangingsaélingku ora ana wong liyané menèhsing tau dakbaptis.)17Sang Kristus ora ngutus aku supayambaptis wong. Panjenengané ngutusaku ngabaraké Injil, lan mulangakéInjil mau nganggo basa sing prasaja,ora manut kawicaksanané manungsa.Awit yèn nganggo basa sing manutkawicaksanané manungsa, sédané SangKristus ing kayu salib dadi nglaha lan

1 KORINTUS 1.18–21 4

sakèhé daya kasektèné dadi ora anapaédahé.18Awit tumraping wong sing bakalnampa paukumané Gusti Allah, pawartabab sédané Gusti Yésus Kristus ana ingkayu salib kuwi dianggep prekara singtanpa teges. Nanging tumrapé kita singkapitulungan slamet, Sang Kristus kuwiwujudé kasektèné Gusti Allah.19Ana ing Kitab Suci Gusti Allahngandika: "Aku bakal mbuyarakékawicaksanané para wong wasis, lankawruhé wong pinter bakal Daklebur."20Yèn mengkono, panemuné wong-wong wicaksana banjur kepriyé?Semono uga kepriyé panemuné wong-wong pinter? Apa déné panemunépara ahli pikir jaman saiki banjurkepriyé? Gusti Allah wis mratélakaké,yèn kapinterané manungsa kuwi tanpateges.21Awit saka kawicaksanané, Gusti Allahwis netepaké yèn manungsa ora bakalbisa wanuh marang Gusti Allah sakakapinterané dhéwé. Kosokbaliné, GustiAllah wis nemtokaké bakal paring slametmarang wong sing precaya marangpawarta, sing padha dakwartakaké,

1 KORINTUS 1.22–26 5

sing déning wong kadonyan dianggepngayawara.22Wong Yahudi padha njaluk mujijatminangka bukti, lan wong Yunani padhamburu kawicaksanan.23Nanging tumrap kita, kita padhamartakaké bab Sang Kristus sing disalib,yakuwi pawarta sing kanggoné wongYahudi dadi sandhungan (marakakétumiba ing dosa), lan tumraping wongdudu Yahudi (wong kapir) pawarta mausawijining prekara sing ora tinemu ingnalar.24Nanging tumraping wong sing padhakatimbalan déning Gusti Allah, wongaYahudi, wonga kapir, bab Sang Kristuskuwi pangwasa lan kawicaksanané GustiAllah.25Sebab pakaryané Gusti Allah, singkatoné bodho, nyatané luwih wicaksanaketimbang karo kawicaksananémanungsa, lan pakaryané Gusti Allahsing katoné tanpa daya, jebul luwih rosaketimbang karo kekuwatané manungsa.26Para sedulur! Élinga marang kaanannalika kowé padha katimbalan déningGusti Allah. Rak mung sethithik cacahéwong sing wasis utawa sing dadi

1 KORINTUS 1.27–31 6

penggedhé, utawa sing duwé pangkatdhuwur manut pétungané manungsa.27Nanging, Gusti Allah milih wongsing dianggep bodho déning jagadiki, supaya gawé wirangé para wongwicaksana. Mengkono uga Gusti Allahmilih wong-wong sing ringkih, manutpétungané jagad, kanggo mirangakéwong-wong sing rosa.28Sing dianggep asor lan nistha, singdianggep ora ana ajiné déning jagad,yakuwi sing dipilih déning Gusti Allah,supaya ngorakna apa sing dianggep ajidéning jagad.29Srana mengkono ora ana wong singbisa gumunggung ana ing ngarsanéGusti Allah.30Nanging Gusti Allah wis nunggilakékowé karo Sang Kristus Yésus, lanGusti Allah wis nemtokaké Sang Kristusdadi kawicaksanan kita; lantaran SangKristus kita padha karukunaké karoGusti Allah. Merga Sang Kristus kitapadha dadi umaté Gusti Allah kang suci.Kita wis dimerdikakaké!31Mulané, kaya sing dingandikakakéGusti Allah ana ing Kitab Suci: "Sing

1 KORINTUS 2.1–6 7

sapa arep gumunggung, ngegungna apasing wis katindakaké déning Gusti Allah."

21Para sedulur, dhèk biyèn nalika akunekani kowé, martakaké kayektèné

Gusti Allah, yakuwi kayektèn singwinadi, aku ora migunakaké tembungsing dakik-dakik utawa kawruh singjero-jero.2Sebab selawasé aku ana ing antaramu,atiku wis kenceng ora arep mikirakéapa-apa kejaba Gusti Yésus Kristus,luwih-luwih bab sédané ana ing kayusalib.3Mulané nalika aku nekani kowé, akurumangsa tanpa daya lan gumetermerga wedi.4Enggonku memulang lan ngabarakéInjil ora srana tembung sing muluk-muluk manut kapinterané manungsa,nanging srana bukti sing mratélakakékwasaning Rohé Gusti Allah.5Precayamu nalika semana iya oraadhedhasar kawicaksanané manungsa,nanging landhesan pangwasané GustiAllah.6Senajan mengkono, aku ugangrembug bab kawicaksanan karowong-wong Kristen, sing jiwané wis

1 KORINTUS 2.7–10 8

diwasa. Dudu kawicaksanan kadonyan,utawa kawicaksanané para pangwasasing ngerèh jagad sing bakal sirna iki.7Kawicaksanan sing dakkarepaké kuwikawicaksanané Gusti Allah, yakuwiwewadi sing ora disumurupi déningmanungsa, lan sing wis ana sadurungéjagad katitahaké; kuwi mau kabèhditemtokaké déning Gusti Allah murihkamulyan kita.8Para pangwasané jagad iki ora ana sijiwaé sing ngerti marang kawicaksananéGusti Allah mau. Saupama ngertia,wong-wong rak ora padha nyalib Gustising Mahamulya kuwi.9Nanging kaya sing dingandikakakéana ing Kitab Suci: "Apa sing durung taudideleng utawa dirungu, apa sing oradipikiraké déning manungsa, ya prekara-prekara kuwi sing wis dicawisaké déningGusti Allah kanggo wong sing padhatresna marang Panjenengané."10Gusti Allah nglairaké wewadinémau marang kita lantaran Sang RohSuci. Rohé Gusti Allah kuwi nitipriksasamubarang, dalasan kersané GustiAllah sing winadi, iya dititi priksa.

1 KORINTUS 2.11–16 911Kaya déné rohé manungsa sing ngertimarang isining atiné dhéwé, mengkonouga Sang Roh Suci iya pirsa penggalihéGusti Allah.12Kita padha ora nampani rohé donyaiki, nanging padha nampani Rohé GustiAllah, supaya kita padha ngerti marangsadhéngah prekara sing wis diparingakédéning Gusti Allah marang kita.13Mulané menawa aku padhanerangaké bab kayektèné Gusti Allahmarang wong-wong sing padha nduwèniRohé Gusti Allah, aku ora padha nganggokawicaksanané manungsa, nangingmanut piwulanging Rohé Gusti Allah.14Sing sapa ora kadunungan Rohé GustiAllah, ora bisa nampa lan ngerti marangganjaran-ganjaran sing diparingakédéning Roh mau. Ing ngatasé ganjaran-ganjaran kuwi manungsa dianggepbodho; sebab bisané ngerti mung yènkabiyantu déning Rohé Gusti Allah.15Wong sing kadunungan Rohé GustiAllah kuwi ngerti samubarang, nangingora ana wong sing bisa nliti marangdhèwèké.16Kaya surasané Kitab Suci singmengkéné: "Sapa ta sing ngerti

1 KORINTUS 3.1–5 10

penggalihé Pangéran, nganti bisamulang Panjenengané?" Nanging kitapadha ngerti marang penggalihé SangKristus!

31Satemené para sedulur, aku orabisa rembugan karo kowé, kaya karo

wong-wong sing kadunungan Rohé GustiAllah. Aku kepeksa rembugan karo kowékaya karo wong-wong kadonyan, singtumraping iman Kristen isih kaya bocahcilik.2Wiwit biyèn kowé kepeksa isihdakwènèhi susu, dudu panganan singakas, sebab kowé durung bisa nampa.Lan tekan saiki kowé iya durung bisa.3Sebab uripmu isih kaya wong-wongkadonyan. Menawa ing antaramu isihana kemèrèn lan pasulayan, apa kuwiora nélakaké yèn uripmu isih carakadonyan, yakuwi manut ukuran lanpatrap sing dianut déning donya iki.4Menawa ana wong sing muni: "Akumèlu Rasul Paulus," lan liyané muni "Akumèlu Apolos," apa sing mengkono kuwidudu patrapé wong-wong kadonyan?5Sapa ta Apolos kuwi? Lan sapa taPaulus? Wong-wong kuwi rak mungpara abdiné Gusti Allah, sing nuntun

1 KORINTUS 3.6–11 11

kowé dadi wong precaya. Aku iki mungpadha sadrema nyambut-gawé nglakonidhawuhé Gusti Allah.6Aku sing nandur, Apolos sing nyiram,nanging Gusti Allah piyambak singnuwuhaké.7Wong sing nandur lan wong singnyirami kuwi ora penting. Sing pentingkuwi Gusti Allah, sebab Panjenenganésing nuwuhaké.8Wong sing nandur lan wong singnyirami kuwi ora ana bédané; Gusti Allahbakal paring ganjaran marang siji-sijinémanut pegawéané dhéwé-dhéwé.9Aku iki padha réwangé nyambut-gawélan kowé, palemahan sing digarapdéning Gusti Allah. Kowé kuwi ugagedhong sing diyasa déning Gusti Allah.10Srana migunakaké kapinteranpeparingé Gusti Allah, aku dadi tukanggawé omah sing yasa pondhasiné,lan wong liya sing mbangun ana ingsandhuwuré pondhasi mau.11Sebab Gusti Allah piyambak wisnemtokaké yèn mung Gusti YésusKristus sing dadi pondhasiné gedhongmau.

1 KORINTUS 3.12–17 1212Ana wong sing migunakaké emas,utawa slaka, utawa watu sing adi kanggongedegaké bangunan ing sandhuwurépondhasi; ana menèh sing migunakakékayu, utawa suket garing, utawa damèn.13Bab apik lan orané garapané wongsiji-sijiné mau bakal ketitik mbésuk ingDinané Sang Kristus; sebab ing Dinamau, garapané saben wong bakal dilèlèrnganggo geni. Geni mau sing bakalnélakaké becik lan orané garapan.14Yèn sing dibangun ing sandhuwurépondhasi mau diobong ora mempan,wongé sing mbangun bakal tampaganjaran.15Nanging yèn garapané kobong, bakalkapitunan; nanging wong mau dhéwébakal slamet, senajan patrapé kayawong sing luwar saka omah sing kobong.16Apa kowé padha ora ngerti yèn kowékuwi gedhong pedalemané Gusti Allah,sebab Rohé Allah dumunung ana ingkowé!17Sapa sing ngrusak gedhongpedalemané Gusti Allah, Gusti Allahiya bakal ngrusak wong mau. Gedhongpedalemané Gusti Allah kuwi suci, langedhong mau iya kowé kuwi.

1 KORINTUS 3.18–4.1 1318Aja ana wong sing ngapusi awakédhéwé. Yèn ing antaramu ana wongsing duwé pengira dadi wong wicaksanamanut ukuran kadonyan, bèn wongkuwi dadi bodho, supaya bisa wicaksanatemenan.19Sebab apa sing dianggep wicaksanadéning jagad kuwi déning Gusti Allahdianggep bodho. Kaya surasané KitabSuci: "Wong-wong pinter kuwi dikaladéning Gusti Allah srana kapinteranéwong mau dhéwé!"20Ayat ing Kitab Suci liyané mengkéné:"Gusti Allah pirsa yèn pangothak-athikéwong pinter kuwi kabèh tanpa guna."21Mulané aja nganti ana wongsing ngegung-egungaké kapinteranémanungsa. Samubarang kabèh kuwi wisdadi duwèkmu.22Paulus, Apolos, Pétrus, jaman saikilan jaman sing bakal kelakon kuwi kabèhduwèkmu,23 semono uga kowé kabèh ikukagungané Sang Kristus, lan SangKristus kagungané Gusti Allah.

41Mulané aku iki padha anggepen paraabdiné Sang Kristus, sing dipitaya

1 KORINTUS 4.2–6 14

rumeksa marang wewadiné Gusti Allahsing gegayutan karo kayektèn.2Tumraping abdi sing dipitaya kayamengkono mau saraté mung siji, yakuwisetya marang bendarané.3Aku ora mreduli penganggepmu utawapenganggepé wong liya tumrap awakkudhéwé.4Aku ora rumangsa salah, nanging oraateges yèn aku iki ora duwé keluputan.Sing ngadili aku iki Gusti piyambak.5Mulané kowé aja ngadili wong yèndurung tekan wektuné. Pengadilansing pungkasan kuwi ngentèni mbésuksarawuhé Gusti Yésus. Panjenenganésing bakal medharaké sakèhé wewadising sumimpen ana ing atiné manungsa.Ing kono saben wong bakal olèhpengalem saka Gusti Allah, manutpenggawéné dhéwé-dhéwé.6Merga kowé, para sedulur, aku wisngetrapaké kuwi mau kabèh marangApolos lan marang aku dhéwé. Aku lanApolos padha dakenggo tuladha, supayakowé ngerti apa tegesé unèn-unèn:"Prenatan sing bener kuwi gugunen,"supaya ing antaramu aja ana sing

1 KORINTUS 4.7–10 15

ngegung-egungaké salah sijiné wong lannyepèlèkaké wong liyané.7Sapa sing wis ndadèkaké kowé kinacèkkaro wong liyané? Apa dudu Gusti Allahsing maringaké samubarang sing anaing kowé? Kepriyé bisamu kumlungkung,kaya-kaya sing kokduwèni kuwi oramung kari nampa?8Pancèn kowé wis ora butuh apa-apamenèh! Kowé wis dadi sugih! Kowéwis padha dadi ratu! Aku malah padhadurung dadi ratu. Aku kepéngin yènkowé dadia ratu temenan, supaya akupadha bisa mèlu mréntah bebarengankaro kowé.9Sebab manut panemuku, Gusti Allahwis maringi aku, para rasul, pangkat singasor dhéwé, kaya déné wong-wong singditibani paukuman pati ana ing ngarepéumum, supaya dadia tontonané paramalaékat lan manungsa.10Krana Sang Kristus aku dadi wongsing bodho; nanging kowé dadi wong-wong Kristen sing wicaksana! Aku padhadadi wong sing tanpa daya, nangingkowé dadi wong-wong sing rosa! Akupadha dicecamah, nanging kowé padhakinurmatan!

1 KORINTUS 4.11–17 1611Nganti wektu iki aku padha kalirenlan kasatan; aku padha nggombal,aku padha digebugi; aku padha mlayungungsi saka panggonan siji menyangpanggonan sijiné;12aku kudu padha nyambut-gawé abotsupaya olèh pangan. Yèn dipoyoki, akupadha males mberkahi; yèn dianiayaaku padha sabar;13yèn dipitenah aku padha malesnganggo tembung sumèh. Tekan wektuiki, aku mung padha dadi larahaningjagad; aku iki dianggep déning umumdadi leletheking bumi.14Enggonku nulis marang kowé iki,ora merga aku arep gawé wirangmu,nanging arep mulang lan momongkowé kaya anak-anakku dhéwé singdaktresnani.15Sebab senajan kowé wong Kristenduwé guru saleksa, nanging bapakmumung siji. Sajroning uripmu dadi wongKristen, aku iki bapakmu, awit ya aku ikising nggawa pawarta Injil marang kowé.16Pituturku marang kowé: Kowé padhanulada marang aku.17Mulané aku ngirim Timotius nekanikowé. Ing ngatasé wong Kristen,

1 KORINTUS 4.18–5.1 17

Timotius kuwi wis kaya anakku dhéwésing daktresnani lan sing setya ana ingGusti. Timotius uga bakal ngélingakékowé, bab pathokan-pathokan singdakanut sajroning urip anyar iki, singkaparingaké déning Gusti Yésus Kristus,sing uga dakwulangaké marang parapasamuwan kabèh, ana ing endi waé.18 Ing antaramu ana wong sing padhakumenthus, merga padha duwé pengirayèn aku ora bakal nekani kowé menèh.19Nanging yèn Gusti marengaké, akubakal énggal nekani kowé. Ing konoaku kepéngin weruh apa penggawénéwong-wong sing padha kumenthus mau,dudu tembungé.20Sebab Kratoné Gusti Allah kuwiora wujud tembung, nanging awujudkasektèn.21Banjur endi sing kokpilih? Apa tekakukudu nggawa pecut apa katresnan lankesabaran?

51Satemené aku wis krungu yèn ingantaramu ana sing laku jina nganggo

cara sing ngungkuli carané wong kapir(wong sing ora wanuh karo Gusti Allah),yakuwi laku jina karo ibuné kuwalondhéwé!

1 KORINTUS 5.2–7 182Éwasemono, kowékok padhagumunggung temen! Mesthiné kowékudu padha sedhih, lan wong singnglakoni jina kaya mengkono maukuduné diwetokaké saka pasamuwan.3Tumraping aku, senajan manut tatalair dunungku adoh karo kowé, nangingmanut tata rohani, aku bebarengankaro kowé; kaya-kaya aku dhéwé anaing tengahmu, "Mulané atas asmanéGusti kita Yésus Kristus, aku nibakaképaukuman marang wong sing nglakonipenggawé sing murang-tata mau!"4Yèn kowé padha ngumpulmasamuwan, lan aku dhéwé ugaana ing tengahmu sajroning roh, sranapangwasané Gusti Yésus,5wong kuwi padha pasrahna marangIblis, supaya badané dirusak, nangingnyawané kapitulungan slamet mbésuking Dina Pengadilané Gusti.6Ora samesthiné kowé gumunggung!Kowé rak padha ngerti unèn-unèn singmengkéné: "Ragi sethithik ngragènisakèhing jladrèn kabèh."7Ragi sing lawas, yakuwi dosa,buwangen, supaya kowé padha dadiajladrèn sing anyar, sing murni, sing

1 KORINTUS 5.8–11 19

tanpa ragi. Lan satemené aku ngerti, yènkowé pancèn mengkono. Sang Kristus,Cempéning Paskah wis kasembelèh.8Ayo kita padha pésta, ora mangan rotising nganggo ragi lawas, yakuwi dosalan laku jina, nanging mangana roti singtanpa ragi, yakuwi kasampurnan lankayektèn.9 Ing layangku sing dhisik aku wisweling, supaya kowé aja sesrawungankaro wong sing padha laku jina.10Sing dakkarepaké dudu wong kapirsing padha laku jina lan sing karembandha, bégal, utawa wong sing padhanyembah brahala; sebab yèn kowé kudungedohaké awakmu saka wong-wongsing kaya mengkono mau, kowé rakkepeksa kudu metu saka jagad iki.11Ora mengkono; sing dakkarepakéyakuwi supaya kowé aja srawungan karowong sing ngakuné Kristen, nangingsatemené seneng laku jina, karembandha, nyembah brahala, utawaseneng nyenyamah, seneng mendem,seneng nindakaké colong jupuk. Ajanganti kowé lungguh bebarenganmangan karo wong sing kaya mengkonomau.

1 KORINTUS 5.12–6.3 2012Tumrap wong-wong ing sanjabanépasamuwan, aku ora wenang ngadili.Sing arep ngadili wong-wong kuwiGusti Allah piyambak. Nanging apa orawis samesthiné yèn kowé ngadili parawarganing pasamuwanmu dhéwé? Kayasurasané Kitab Suci: "Wong sing padhanindakaké piala, tundhungen saka ingtengah-tengahmu."13 (5:12)

61Menawa ana panunggalanmusing prekaran karo padha sedulur,

koktegel-tegelé wong mau ngajokakégugatan marang hakim-hakim sing orawanuh marang Gusti Allah. Rak kudunéwong mau masrahaké prekarané supayadirampungaké déning umaté Gusti Allahdhéwé.2Apa kowé ora ngerti yèn umatéGusti Allah kuwi bakal ngadili jagad iki?Menawa kowé bakal ngadili jagad iki, apakowé ora bisa ngadili prekara-prekarasing sepélé mau?3Apa kowé padha ora ngerti, yèn kitaiki bakal ngadili para malaékat? Apamenèh prekara-prekara sing magepokankaro urip ing sedina-dina iki.

1 KORINTUS 6.4–9 214Menawa ana kedadéan-kedadéan singmengkono, apa sebabé prekara maukokpasrahaké marang wong-wong singpadha ora duwé kalungguhan apa-apaana ing pasamuwan Kristen?5Apa kuwi ora ngisin-isini banget?Saora-orané mesthi ana wong siji ingantaramu sing wicaksana, sing bisangrampungi prekarané sedulur loro singpadha padu mau.6La koksedulur sing padha padu maumalah koktégakaké padha golèk adilmenyang sing ora precaya.7Satemené anané wong padhaprekaran ing antaramu kuwi waé wisnélakaké, yèn uripmu tata Kristen kuwiasor banget. Apa ora luwih becik kowédigawé sewenang-wenang? Apa oraluwih becik kowé nandhang kapitunan?8Généa kokmalah kowé dhéwépadha tumindak sewenang-wenanging kalanganmu dhéwé, sing siji gawépitunané sijiné, malah karo padhasedulurmu dhéwé?9Kowé mesthi iya wis padha ngerti, yènwong ala mau ora bakal olèh kabegjanana ing Kratoné Gusti Allah. Aja padhangapusi awakmu dhéwé. Wong sing

1 KORINTUS 6.10–13 22

kelakuané ala utawa sing nyembahbrahala, utawa laku jina, utawa dadirampog, laku jindik,a10wong-wong sing ngrodha-peksa,utawa sing karem bandha, utawa singdhemen mendem, kuwi kabèh bakalpadha ora mèlu nampa kabegjan ana ingKratoné Gusti Allah.11Kaya mengkono biyèn kaananéwong sawetara kang ana ing tengahmu.Nanging saiki dosamu wis diresiki. Kowéwis padha disaosaké marang Gusti Allah.Kowé wis padha karukunaké karo GustiAllah, srana pangwasané Gusti YésusKristus lan Rohé Allah kita.12Bisa uga ana wong sing muni:"Aku wenang nindakaké samubarang."Bener! Nanging ora samubarang kuwimaédahi marang kowé. Aku ugabisa muni: "Aku wenang nindakakésamubarang," nanging aku emoh dadibaturé samubarang.13Ana uga wong sing muni: "Pangankuwi mung kanggo weteng, lan wetengkuwi mung kanggo pangan." Kuwiiya bener. Nanging karo-karoné bakaldirusak déning Gusti Allah. Badan ora

ajindik: homoseksual.

1 KORINTUS 6.14–18 23

samesthiné kanggo laku jina, nangingkanggo ngladèni kersané Gusti; lan Gustipancèn kersa ngagem badan mau.14Gusti Allah wis mungokaké GustiYésus saka ing séda, mengkono ugaGusti Allah bakal nangèkaké kita sranapangwasané.15Kowé wis ngerti yèn badanmu kuwipéranganing sarirané Sang Kristus. Apapantes yèn aku njupuk péranganingsarirané Sang Kristus mau salah sijidakdadèkaké péranganing badanésundel? Mesthi ora!16Apa kowé padha ora ngerti yènwong sing kawin karo sundel kuwi dadibadan siji karo sundel mau? Kaya singkasebutaké déning Kitab klawan cethamengkéné: "Loro-loroné bakal dadidaging siji."17Nanging sing sapa nunggalakébadané karo Gusti Yésus, wong maumanut tata rohani dadi badan siji karoGusti Yésus.18Padha ngedohana laku jina!Sarupaning dosa sing dudu laku jina,ditindakaké déning wong sanjabanébadan, nanging wong sing laku jina kuwingrusak awaké dhéwé.

1 KORINTUS 6.19–7.4 2419Apa kowé padha ora ngerti, yènbadanmu kuwi dadi pedalemané SangRoh Suci? Roh Suci sing kaparingakédéning Gusti Allah marang kowé. Kowékuwi dudu duwèkmu dhéwé, nangingkagungané Gusti Allah.20Kowé wis ditumbas déning GustiAllah klawan rega sing larang. Mulanébadanmu mau enggonen ngluhurakéGusti Allah.

71Mungguh prekara-prekara singkokkandhakaké ing layangmu

marang aku; prayoga yèn wong lanangora kawin.2Nanging merga manungsa kuwigampang kena ing panggodha laku jina,luwih becik yèn saben wong lanang duwésomah dhéwé, lan saben wong wadonduwé bojo dhéwé.3Saben wong lanang netepanakuwajibané marang somahé, mengkonouga wong wadon marang bojoné, singsiji gawé mareming atiné sijiné.4Wong wadon ora kwasa tumrapingawaké dhéwé, nanging sing lanang singkwasa. Mengkono uga wong lanang orakwasa tumraping awaké dhéwé, singkwasa sing wadon.

1 KORINTUS 7.5–10 255Kowé aja padha cegah-cinegah,kejaba yèn ana sarujuké loro-loroné,kanggo sawetara mangsa. Sranamengkono kowé padha bisa mligienggonmu ndedonga. Nuli padhabalia, supaya kowé aja kena ingpanggodhaning Iblis, merga ora kuwatnyegah hawa-nepsumu.6Kabèh mau dakkandhakaké marangkowé ora dadi prenatan, nangingpamrayoga.7Satemené, mungguhing aku, akukepéngin yèn kowé padha kaya aku;nanging saben wong mono ganjaranédhéwé-dhéwé, sing siji olèh ganjaranmengkéné, sijiné olèh ganjaranmengkono.8Tumrap sing durung padha omah-omah, lan para randha, aku mrayogakakésupaya aja omah-omah, kaya aku iki.9Nanging yèn kowé padha ora kuwatnyegah hawa-nepsu, luwih becik padhaomah-omah tinimbang ngangah-angah,merga déning hawa-nepsu.10Tumrap wong sing padha omah-omah, Gusti (dudu aku) paring dhawuhmengkéné: Wong wadon sing wisningkah aja megat bojoné.

1 KORINTUS 7.11–14 2611Yèn wong wadon mau dipegatbojoné, tetepa ora omah-omah, utawarukuna menèh karo bojoné mau. Lanwong lanang aja megat somahé.12Marang wong liya-liyané, aku, (duduGusti), duwé pamrayoga mengkéné:Yèn ana wong lanang Kristen duwésomah wong sing ora precaya, mangkasomahé mau gelem urip bebarengankaro dhèwèké, somahé mau aja dipegat.13Lan yèn ana wong wadon Kristenduwé bojo wong sing ora precaya,mangka wong lanang mau gelem uripbebarengan karo dhèwèké, wong wadonmau iya aja megat bojoné.14 Jalaran wong lanang sing ora precayamau wis ditampi déning Gusti Allah,merga enggoné dadi bojoné wongwadon sing precaya mau; semono ugawong wadon sing ora precaya, uga wisditampi déning Gusti Allah, merga sakaenggoné dadi somahé wong lanang singprecaya mau. Saupama ora mengkono,anak-anaké wong-wong mau rak banjurdadi wong kapir, mangka satemenéanak-anak mau padha ditampi déningGusti Allah.

1 KORINTUS 7.15–18 2715Nanging yèn sing ora precaya maukepéngin pegatan karo somahé utawabojoné sing Kristen, iya aja dialang-alangi. Ana ing kaanan sing mengkonowong lanang utawa wong wadon Kristenmau dadi bébas. Nanging enggoné GustiAllah nimbali kowé, supaya kowé padhatansah rukun.16Sebab kowé, wong wadon Kristen,rak ora bisa nemtokaké yèn bojomuora bisa mratobat lan kaslametaké?Semono uga kowé, wong lanang Kristen,ora bisa nemtokaké yèn kowé ora bisadadi jalarané somahmu mratobat lankaslametaké?17Saben wong nataa uripé manutganjaran sing kaparingaké déning GustiYésus, kaya katemtuané Gusti Allahnalika nimbali wong mau. Prenataniki sing dakwulangaké ana ing sabenpasamuwan.18Upamané mengkéné: Yèn ana wongsing nalika katimbalan déning GustiAllah, wis tetakan, kuwi aja nyobangilangi tabeté tetakan mau, mengkonouga sing nalika katimbalan déning GustiAllah durung ditetaki, aja banjur ngudisupaya ditetaki.

1 KORINTUS 7.19–25 2819Sebab tetak utawa ora tetak, kuwidudu apa-apa. Sing prelu, saben wongnetepana angger-anggeré Gusti Allah.20Saben wong tetepa kaya ing nalikanékatimbalan déning Gusti Allah.21Apa nalika kowé katimbalan mau dadibatur-tukon? Kuwi ora dadi apa. Nangingyèn kowé olèh kelonggaran dadi wongmerdika, kelonggaran mau pigunakna.22Sebab senajan batur-tukon, yèn wiskatimbalan déning Gusti Yésus, dadimerdika. Mengkono uga wong merdikasing wis ditimbali déning Sang Kristus,dadi abdiné (batur-tukoné) Sang Kristus.23Kowé wis ditumbas déning Gusti Allahlan wis dibayar lunas. Mulané aja dadibatur-tukoné manungsa menèh.24Nanging para sedulur! Ana ingpatunggilané Gusti Allah, saben wonglestaria kaya nalika katimbalan déningGusti Allah.25Saiki bab wong sing isih prawan,aku ora tampa dhawuh apa-apa sakaGusti, nanging aku nglairaké panemukumarang kowé, lan merga saka sih-rahmaté Gusti Yésus, sing kaparingakémarang aku, kena kokprecaya.

1 KORINTUS 7.26–31 2926Manut panemuku, ngèlingi sakèhingkasusahan ing jaman saiki, luwih becikyèn wong lanang tetepa kaya kaananésaiki.27Yèn kowé wis omah-omah, kowé ajamegat somahmu. Déné yèn durung, ajaomah-omah.28Déné yèn kowé omah-omah, kowéora dosa. Mengkono uga yèn anaprawan, omah-omah kuwi ora dosa. Akumung kepéngin njaga supaya kowé ajanganti padha ngalami karépotané wongsing padha omah-omah.29Karepku mengkéné: Para sedulur!Wektuné mung kari sedhéla. Mulanéwiwit saiki wong lanang sing omah-omahuripa kaya wong sing ora omah-omah;30wong sing nangis dikaya wong singora sedhih. Wong sing ngguyu dikayawong sing ora bungah atiné. Wong singtetuku, dikaya wong sing ora nduwènibarang sing dituku mau;31 lan wong sing padha dol-tinukubarang-barang kadonyan iki, dikayawong sing ora kecencang déningbarang-barang kadonyan mau. Sebabjagad sing kaanané kaya saiki iki bakalénggal sirna!

1 KORINTUS 7.32–35 3032Pengarep-arepku kowé bisaa uriptanpa sumelang. Wong lanang sing oraomah-omah, bisa nglakoni ayahanéGusti klawan bébas, lan gawé renanépenggalihé Gusti.33Nanging wong sing sesomahan kuwikecencang déning prekara-prekarakadonyan iki, sebab wong mau kudugawé senenging atiné sing wadon.34Merga mengkono pikirané mrana-mréné. Lan wong wadon sing oraomah-omah utawa para prawan,bisa nggelengaké pikirané kanggopakaryané Gusti, merga arep masrahakésaranduning jiwa lan ragané. Nangingwong wadon sing omah-omah mikiraképrekara-prekara kadonyan, mergakepéngin gawé senenging atiné singlanang.35Enggonku pitutur mengkono maumurih becikmu dhéwé, ora mergaaku kepéngin gawé larangan-larangankanggo kowé. Malah karepku supayakowé padha nglakonana penggawésing bener lan becik, bisaa nyaosakéuripmu kanthi wutuh, kanggo ngladosipakaryané Gusti.

1 KORINTUS 7.36–40 3136Yèn ana wong lanang lan wongwadon padha pepacangan, mangka singlanang banjur rumangsa tumindak singora bener, tur rumangsa ora bisa nyegahhawa-nepsuné lan kepéngin ningkahkaro pacangané mau, kuwi beciké padhaningkaha waé, kaya sing dikarepakébiyèn. Mengkono mau ora dosa.37Nanging yèn ana wong lanang singwis niyat ora arep omah-omah, tanpadipeksa déning sapa-sapa, lan ngertitemenan apa sing arep digayuh, becikyèn wong mau ora omah-omah.38Dadi wong lanang sing omah-omahmau becik, nanging wong lanang singora omah-omah kuwi luwih becik.39Wong wadon sing wis omah-omahduwé kuwajiban tumrap bojoné mungselawasé sing lanang isih urip. Sawisésing lanang mati, wong wadon maubébas arep omah-omah menèh karosapa waé sing dikarepaké, anggerkawiné mau karo wong precaya.40Nanging manut pangrasaku, wongwadon mau bakal luwih begja, menawatetep ora omah-omah. Kuwi mau manutpenemuku, lan dakkira aku kadununganRohé Gusti Allah.

1 KORINTUS 8.1–6 32

81Bab mangan sesajèning brahala,pancèn bener kaya kandhané

wong-wong, yèn "kita wis padhaduwé pangerti". Nanging kawruh singmengkono mau marakaké wong dadigumunggung, awit sing mbangun kuwimung katresnan.2Wong sing rumangsané ngertisamubarang, kuwi satemené kawruhédurung paja-paja.3Nanging wong sing tresna marangGusti Allah kanthi temen-temen, kuwising dadi keparengé Gusti Allah.4Mulané bab mangan sesajèningbrahala, kuwi satemené mengkéné: Kitangerti yèn brahala mono pepethaningbarang sing satemené ora ana. Kitangerti yèn sing ana mung Gusti Allahpiyambak.5Senajan ana sing disebut "déwa-dèwi," ing swarga utawa ana ing bumi,lan senajan cacahé ‘déwa lan dèwi’ kuwiakèh,6nanging tumrap kita mung ana GustiAllah siji, yakuwi Sang Rama, singnitahaké samubarang kabèh, lan kitapadha urip kagem Panjenengané. Lanmung ana Gusti siji, yakuwi Gusti Yésus

1 KORINTUS 8.7–10 33

Kristus, sing dadi lantarané samubarangkabèh katitahaké, lan urip kita iki ugamerga Panjenengané.7Nanging ora saben wong ngertimarang kayektèn mau. Ana wongKristen sing merga biyèn wis kulinanyembah brahala, tekan sepréné yènmangan pangan sing disajèkaké marangbrahala, rumangsané brahala mau anatemenan, lan pangan kuwi duwèkébrahala mau temenan. Lan sarèhnéimané sèkèng, yèn dhèwèké manganpangan sing disajèkaké marang brahala,rumangsané wong mau banjur dadinajis.8Mangka satemené pangan kuwi oramarakaké kita luwih cedhak karo GustiAllah. Yèn kita ora mangan, kita orakapitunan apa-apa, mengkono ugasaupama kita mangan, kita iya ora bathiapa-apa.9Mung waé kabébasan kita aja ngantimarakaké wong sing imané sèkèngtumiba ing dosa.10Saupama ana wong sing imanésèkèng weruh "kowé sing padha duwékawruh" mau padha mangan ing kuilbrahala, apa wong mau ora banjur mèlu-

1 KORINTUS 8.11–9.3 34

mèlu mangan pangan sing disajèkakémarang brahala?11Lan srana mengkono ‘kawruhmu’mau apa ora marakaké sedulurmu singsèkèng imané dadi nemu tiwas? MangkaSang Kristus wis nglampahi séda ugakanggo wong mau.12Srana mengkono kowé wis gawé dosamarang sedulur-sedulurmu, srana natonipangrasané atiné sing ringkih.13Mulané yèn pangan kuwi marakakésedulurku tumiba ing dosa, aku aluwungora mangan panganan mau ing selawas-lawasé, supaya aku aja nganti njalarisedulurku tumiba ing dosa.

91Aku iki apa dudu wong singmerdika? Aku iki apa dudu rasul? Aku

apa ora wis tau weruh Gusti kita YésusKristus? Lan apa kowé dudu wohingpegawéanku kagem Gusti?2Senajan wong liya ora ngakoni akuiki rasul, nanging tumraping kowé akuiki rasul! Sebab kowé dhéwé lan uripmudadi wong-wong Kristen, nélakaké yènaku iki rasul.3Yèn ana wong sing padha nyruwé aku,jawabku mengkéné:

1 KORINTUS 9.4–10 354Apa aku ora wenang olèh panganlan ombèn-ombèn saka enggonkunyambut-gawé?5Apa aku ora wenang nindakaké apasing katindakaké déning rasul-rasulliyané lan para sedhèrèké Gusti Yésus,apa déné Pétrus? Apa aku ora wenangsesomahan karo wong wadon Kristen lanngajak dhèwèké lelungan?6Apa mung Barnabas lan aku dhéwésing kudu golèk pangan dhéwé?7Endi ana prejurité angkatan perangsing kudu ngragadi awaké dhéwé? Utawaendi ana wong tani sing ora mangananggur saka keboné dhéwé? Utawapangon endi sing ora ngombé susu sakawedhusé dhéwé?8Pasemon sing dakkandhakaké ikukabèh ora mung saka pengalamanpedinan, nanging Kitab Suci iyangandharaké kaya mengkono.9Torèté Nabi Musa rak uga nyebutakémengkéné: "Kowé aja mbranguscangkemé sapi sing lagi kanggonggiling." Sing dikersakaké déning GustiAllah ing kéné ora mung sapi waé,10nanging sanyatané ya kita iki.Wong sing nyebar lan wong sing derep

1 KORINTUS 9.11–15 36

wis samesthiné nyambut-gawé kanthipengarep-arep bakal nampa pandumansaka panènan mau.11Aku wis padha nyebar wiji rohani ingantaramu, apa aku ora wenang padhangenèni berkah kajasmanèn saka kowé?12Yèn wong-wong liya padha duwéwewenang olèh bagéan kajasmanènmau saka kowé, apa wewenangkuiki ora luwih gedhé tinimbang karowong-wong mau? Nanging aku padhaora migunakaké wewenangku, malahaku nyukupi kebutuhanku dhéwé,supaya aku aja ngalang-alangi InjiléSang Kristus enggoné kawartakaké.13Wong sing nyambut-gawé ana ingPedalemané Allah wis samesthiné nampapangané saka Pedalemané Allah mau,lan wong-wong sing padha nyaosakékurban ing mesbèh tampa pandumansaka kurban mau.14Mengkono uga Gusti wis netepakéyèn wong sing ngabaraké Injil iya nampapangané saka enggoné ngabaraké Injilmau.15Nanging aku durung tau migunakakéwewenangku babar-pisan. Malahenggonku nulis layang iki ora kokmerga

1 KORINTUS 9.16–20 37

supaya aku nampa wewenang-wewenangku. Awit aku aluwung mati,ketimbang karo kélangan prekara singgawé mongkoging atiku.16Aku ora duwé wewenanggumunggung bab enggonku ngabarakéInjil, sebab aku iki sadrema nglakonidhawuh. Lan iba cilakané awakku,saupama aku ora ngabaraké Injil kuwi.17Menawa enggonku nindakaképegawéanku metu saka karepku dhéwé,aku wenang ngarep-arep olèh opah.Nanging sarèhné ngabaraké Injil kuwisawijining kuwajiban, dadiné pegawéanmau wis dadi tugas sing diparingakédéning Gusti Allah marang aku.18Banjur, opahku apa? Opahku yakuwi:déné aku kepareng ngabaraké Injil tanpaopah, ateges sajroning pegawéankungabaraké Injil mau aku ora njaluk apasing dadi wewenangku.19Aku iki bébas. Aku dudubudhaké sapa-sapa. Nanging awakkudakdadèkaké budhaké saben wong,supaya aku bisa olèh ati saka wongkabèh.20Yèn layanan karo wong Yahudi,tumindakku kaya wong Yahudi, supaya

1 KORINTUS 9.21–23 38

aku bisa olèh ati saka wong Yahudi. Yènlayanan karo wong sing padha nganutTorèté Nabi Musa, tumindakku kayawong sing nganut Torèt, senajan uripkuora gumantung ing Torèt, supaya akubisa nggèndèng wong-wong mau.21Lan tumraping wong-wong duduYahudi aku tumindak kaya wong duduYahudi, kaya-kaya aku ora ngerti karoadat tata carané wong Yahudi, supayaaku bisa nggèndèng wong dudu Yahudi.Kuwi ora merga aku ora manut karoangger-anggeré Gusti Allah; sebaburipku nganut angger-anggeré GustiYésus Kristus.22 Ing tengah-tengahé wong sing imanéringkih, tumindakku kaya wong singimané ringkih uga, supaya aku bisanggèndèng wong-wong mau. Sranamengkono aku wis dadi pepadhanésaben wong, supaya sebisa-bisa akunylametaké sapérangan saka antaranéwong-wong mau, srana patrap apa waé.23Kabèh mau daktindakaké merga sakaInjil, supaya aku bisa mèlu ngrasakakékabegjan-kabegjan kaya surasané Injilmau.

1 KORINTUS 9.24–10.1 3924Kowé padha ngerti yèn ana ingbalapan mlayu, sing mèlu wong akèh,nanging sing dadi juwarané mung wongsiji. Mulané padha mlayua kaya wongsing arep menang lan dadi juwara.25Saben wong sing arep mèlu balapan,sajroné nggladhi awaké, padha tundhukmarang tatanan sing keras banget. Wongmau padha betah nglakoni mengkono,supaya bisa olèh makutha kemenangan,sing bisa sirna. Nanging kita iki padhabetah nglakoni mengkono, supaya olèhmakutha sing langgeng.26Yakuwi sebabé enggonku mlayungener marang garis pungkasan. Yèndiupamakaké wong tinju (jotosan),olèhku njotos ora ngawur.27Nanging aku nggladhi badankunadhahi jotosan-jotosan sing keras,supaya aku bisa ngerèh badanku mau.Aja nganti sawisé aku ngabaraké Injilmarang wong liya, aku dhéwé ditampikdéning Gusti Allah.

101Para sedulur! Aku kepénginngélingaké kowé, bab apa sing

dialami déning para leluhur kita, singpadha ndhèrèk Nabi Musa. Para leluhur

1 KORINTUS 10.2–7 40

mau padha kauban déning méga lannyabrang Segara Teberau kanthi slamet.2Ana ing sajroning méga lan ana ingsajroning segara mau para leluhur kabèhkabaptis dadi penganuté Nabi Musa.3Wong kabèh mau padha mangan rotikasukman sing padha,4 lan padha ngombé ombèn-ombènkasukman sing padha, kabèh padhangombé saka watu karang kasukman,lan watu karang mau yakuwi SangKristus piyambak.5Éwasemono wong-wong mausapérangan gedhé ora gawé renaningpenggalihé Gusti Allah, mulané padhamati lan kakubur pating slebar ana ingara-ara samun sing diliwati.6Tumrap kita prekara mau kabèh dadipasemon kanggo ngélingaké, supaya kitaaja kepéngin marang prekara-prekarasing ala kaya sing wis ditindakaké déningpara leluhur dhèk biyèn.7Supaya kita aja padha nyembahbrahala, kaya sing wis katindakakédéning wong-wong mau. Kaya singkadhawuhaké ana ing Kitab Suci:"Wong-wong padha lungguh, mangan

1 KORINTUS 10.8–13 41

lan ngombé, nuli padha ngadeg lanjogèdan."8Kita aja padha laku jina kaya singbiyèn katindakaké déning sawenèhingwong-wong mau, nganti sajroning sedinaana wong telulikur èwu sing padha mati.9Kita aja padha nyoba marangPangéran, kaya sawenèhing wong-wongdhèk jaman biyèn, satemah padha matidicokot ula.10Lan kowé aja padha nggrundel babnasibmu, kaya sawenèhing wong nalikasemana, temah padha ditumpes déningMalaékaté Pati.11Anané lelakon kabèh mau, supayadadi tuladha kanggo wong-wong liya.Lan kabèh mau katulis minangkapepéling tumrap kita, sing padha uriping jaman pungkasan.12Mulané sapa sing ngadegé rumangsawis jejeg, padha sing ngati-ati supayaaja nganti tiba.13Godha sing kokalami kuwi, godhasing lumrah dialami déning sabenwong. Nanging Gusti Allah setyamarang janjiné. Panjenengané orabakal négakaké kowé digodha ngantingungkuli kekuwatanmu. Yèn kowé

1 KORINTUS 10.14–18 42

digodha, Panjenengané bakal maringikekuwatan marang kowé, supaya kowétetep panggah, sarta Panjenenganébakal maringi dalan, supaya kowé bisaoncat saka panggodha mau.14Mulané para sedulur kang dakkasihi,aja padha nyembah brahala, kuwi padhasingkirana.15Enggonku kandha mengkonokuwi merga kowé dakanggep wongsing ngerti. Padha timbangen dhéwétembungku iki.16Tuwungé berkah sing kita tampanisaka Gusti klawan ngucap sukur, kuwiyèn kita ombé, apa ora mratélakakéenggon kita tetunggalan karo rohé SangKristus? Lan yèn kita mangan roti singkita cuwil-cuwil, apa ora mratélakakéenggon kita tetunggilan karo sariranéSang Kristus?17Sebab rotiné mung siji, mengkonouga kita, sing cacahé akèh iki satemenébadan siji, sebab kita kabèh padhamangan nunggal roti siji mau.18Padha nitènana bangsa Israèl jamanbiyèn, yakuwi wong sing padha mangankurban sing disaosaké marang GustiAllah ana ing mesbèh. Wong-wong mau

1 KORINTUS 10.19–23 43

rak padha ndhèrèk lelados ana ingmesbèh mau?19Aku rak ora kandha, yèn brahalautawa sesajèn sing disaosaké mau ananyatané.20Ora babar-pisan! Karepku, apa singdisaosaké ana ing mesbèhing brahalamau ora disaosaké marang Gusti Allah,nanging marang sétan-sétan. Lan akuora rila yèn kowé padha tetunggalankaro sétan-sétan.21Kowé ora kena ngombé saka tuwungéGusti lan uga ngombé saka tuwungésétan-sétan. Kowé ora kena manganana ing méjané Gusti Yésus lan sawisékuwi banjur mangan ana ing méjanésétan-sétan.22Apa kowé kepéngin gawé bentèringpenggalihé Gusti Yésus? Apa kita ikiluwih rosa tinimbang Panjenengané?23Ana wong sing muni: "Aku wenangnindakaké apa sing dakkarepaké."Bener! Nanging ora samubarangmaédahi. "Aku wenang nindakakésamubarang," nanging ora samubarangmigunani.

1 KORINTUS 10.24–30 4424Aja ana wong sing mburukeuntungané dhéwé waé, nangingpadha nggatèkna uga marang wong liya.25Kowé bébas arep mangan dagingapa waé sing diedol ing pasar, tanpamangu-mangu.26Sebab Kitab Suci ngendika: "Bumilan saisiné kuwi kagungané Gusti Allah."27Yèn kowé diundang mangan déningwong sing ora precaya lan kowé gelemnekani uleman mau, mangana apa waésing disuguhaké tanpa mangu-mangu.28Nanging yèn ana wong sing kandhamarang kowé: "Kuwi sesajèningbrahala," aja kokpangan, supaya ajanuwuhaké gagasan ing wong mau,yèn kowé ngandel marang brahala,mengkono uga merga rasaning atimudhéwé.29Dadi ora mung merga rasaning atimudhéwé nanging uga kanggo rasaningatiné wong mau. Bisa uga ana wongsing muni: "Yagéné kamerdikankukokdiwatesi déning rasaning atiné wongliya?30Yèn aku mangan pangan sing wisdisuguhaké klawan ngucap sukur,yagéné aku kokdisalahaké, merga

1 KORINTUS 10.31–11.3 45

mangan pangan sing wis daksucèkakémau?"31Bener, nanging aja lali, yèn apa waésing koktindakaké, apa mangan, apangombé, apa waé sing koklakoni kuwikabèh lakonana kanggo kaluhuranéGusti Allah.32Tumindakmu aja njalari wong-wongpadha tumiba ing dosa, iya wongYahudi, iya wong dudu Yahudi, utawapasamuwané Gusti Allah.33Nulada marang aku! Ing sadhéngahprekara sing daklakoni, aku ngarah gawésenengé wong kabèh, tanpa mburukesenenganku dhéwé. Sing dakélingikuwi kepentingané wong liya, supayawong mau padha slamet.

111Padha nulada marang aku, kayadéné aku iya nulad marang Sang

Kristus.2Kowé padha dakalem, mergaenggonmu tansah padha éling marangaku, lan padha ngantepi ing piwulangsing dakwènèhaké marang kowé.3Aku kepéngin menawa kowé padhangerti, yèn Sang Kristus kuwi sesirahésaben wong lanang, wong lanang kuwi

1 KORINTUS 11.4–9 46

sesirahé somahé, lan Gusti Allah kuwisesirahé Sang Kristus.4Dadi yèn wong lanang ndedongautawa memulang ing pasamuwan kanthisirah kudhungan, kuwi ngrèmèhakéSang Kristus.5Nanging yèn wong wadon ndedongautawa memulang ing pasamuwan, tanpakudhungan sirahé, kuwi ngrèmèhakésing lanang, padha kaya yèn wongwadon mau rambuté dicukur.6Yèn wong wadon ora kudhungansirahé, luwih becik yèn wong maunyukur rambuté. Sarèhné ora pantesyèn wong wadon rambuté dicukur utawadikethok, mulané luwih becik, yèn wongwadon kudhungan sirahé.7Wong lanang ora prelu nganggokudhung, sebab wong lanang kuwinyunaraké rupa lan kamulyané GustiAllah. Nanging wong wadon nyunarakékamulyané wong lanang.8Sebab dudu wong lanang singkatitahaké saka wong wadon, nangingwong wadon sing katitahaké saka wonglanang.9Semono uga dudu wong lanang singkatitahaké kanggo wong wadon, nanging

1 KORINTUS 11.10–16 47

wong wadon sing katitahaké kanggowong lanang.10Lan tumrapé para malaékat, wongwadon prayoga nganggo kudhung,supaya dadi pretandha yèn dhèwèkékawengku déning bojoné.11Éwasemono, ana ing patunggilanéGusti, wong wadon ora gumantung wonglanang, lan wong lanang ora gumantungwong wadon.12Awit kaya déné wong wadonkatitahaké saka wong lanang, nangingwong lanang kalairaké saka wongwadon; lan samubarang kabèh maupinangkané saka Gusti Allah.13Padha pikiren dhéwé, apa panteswong wadon ndedonga ana ing ngarepingumum tanpa nganggo kudhung?14Manut alamé waé rak wis ketara, yènwong lanang ngingu rambut dawa kuwingasoraké drajaté dhéwé.15Kosokbaliné tumrapé wong wadon,rambut dawa malah dadi kaurmatané.Rambut dawa kuwi enggoné kaparingakémarang wong wadon minangka dadikudhunging sirahé.16Nanging yèn ana wong singarep mbantah, wangsulanku mung

1 KORINTUS 11.17–22 48

mengkéné: Ana ing papan pangibadahkita utawa ing pasamuwan-pasamuwanéGusti Allah, ora ana patrap manembahliyané menèh.17Tumrap apa sing arep dakwènèhakéiki, aku ora arep ngalem marang kowé.Awit enggonmu padha kumpulan,satemené ora ndadèkaké beciképasamuwan, nanging malah dadi lanalané.18Sebab sepisan: Aku krungu yèn anaing pasamuwanmu ana golongan singsiji karo sijiné padha dredah. Lan akuprecaya yèn kabar mau ana nyatané.19Satemené ora nggumunaké yèn ingantaramu ana pasulayan, supaya katonasapa sing bener.20Yèn kowé padha ngumpul, kuwisatemené kowé ora padha nedyamangan bujanané Gusti.21Sebab yèn kowé padha mangan,saben wong padha mangan panganédhéwé-dhéwé, nganti ana wong singkaliren, lan ana wong sing mendem.22Apa kowé padha ora duwé omah, singkena kokenggo mangan lan ngombé?Yagéné kowé padha ngrèmèhaképasamuwané Gusti Allah lan gawé

1 KORINTUS 11.23–26 49

wirangé wong-wong sing miskin?Aku kudu muni kepriyé marang kowétumraping prekara iki? Apa aku kudungalem kowé? Babar-pisan ora. Aku oraarep ngalem kowé!23Sebab piwulang sing daktampasaka Gusti, ya piwulang kuwi singdakwènèhaké marang kowé, yakuwi:ing wayah bengi, nalika Gusti Yésusngangkat diulungaké, Panjenenganémundhut roti,24 lan sawisé saos sukur marangGusti Allah, roti mau nuli dicuwil-cuwilkaro ngandika: "Iki badan-Ku, singDakwènèhaké marang kowé. Iki padhatampanana minangka pengéling-élingmarang Aku."25Mengkono uga sawisé dhahar, Gustinuli mundhut tuwungé, sarta ngandika:"Tuwung iki prejanjian anyar saka GustiAllah, prejanjian sing disahaké sranagetih-Ku. Saben-saben kowé padhangombé saka tuwung iki, padha tindaknaminangka pengéling-éling marang Aku."26Sebab saben-saben kowé padhamangan roti lan ngombé saka ing tuwungiki, kowé padha martakaké sédané Gusti,nganti Panjenengané rawuh menèh.

1 KORINTUS 11.27–33 5027Mulané sing sapa enggoné manganroti lan ngombé saka ing tuwungé maunganggo patrap sing ora ngajèni Gusti,wong kuwi gawé dosa tumrap sarira lanrahé Gusti Yésus.28Dadi luwih dhisik saben wong kudunitipriksa badané dhéwé, sawisé kuwinuli mangana roti lan ngombéa saka ingtuwung mau.29Sebab yèn wong sajroning manganlan ngombé ing tuwung mau ora ngakoniyèn sing dipangan lan diombé mauana gegayutané ora sarirané GustiYésus pamangan lan pangombéné bakalnekakaké paukuman marang awakédhéwé.30Kuwi sebabé ing antaramu akèh singpadha lara, lan ringkih, malah akèh singpadha mati.31Yèn sadurungé kita wis padha ndadarbadan kita dhéwé-dhéwé, kita bakal orapadha diukum déning Gusti Allah.32Nanging yèn kita diukum lan diperdidéning Gusti Allah, kuwi maksudé supayakita aja nganti diukum bebarengan karojagad iki.33Mulané para sedulurku! Samangsakowé padha ngumpul arep mangan

1 KORINTUS 11.34–12.5 51

bujanané Gusti, padha ngentènanasedulurmu.34Déné yèn ana wong sing ngelih,wong kuwi mangana dhisik ing omahé,supaya samangsa kowé ngumpulmangan, kowé aja diukum déning GustiAllah. Bab prekara-prekara liyané arepdakkandhakaké mbésuk samangsa akuwis teka mréné.

121Saiki bab pangwasa peparingéSang Roh Suci, aku kepéngin

supaya kowé padha ngerti ing sanyatané.2Nalika kowé isih dadi wong kapir, kowépadha ora wanuh marang Gusti Allah;uripmu dikwasani déning brahala singmati, sing tansah nyasaraké kowé.3Ngertia yèn ora ana wong singdituntun déning Sang Roh Suci kokmuni:"Yésus kena ing laknat". Lan uga oraana wong sing bisa ngakoni: "Yésus kuwiGusti," yèn ora merga dituntun déningSang Roh Suci.4Ganjaran rohani mau werna-werna,nanging sing maringi padha, yakuwiSang Roh Suci.5Mengkono uga patrapé ngladosi Gustikuwi werna-werna, nanging Gusti sing

1 KORINTUS 12.6–10 52

kita ladosi mung siji yakuwi Gusti YésusKristus.6Ana kaélokan werna-werna, nangingAllah iku siji, kang nindakaké iku kabèhana ing wong kabèh.7Nanging saben wong nampa ganjaranéSang Roh Suci, kang mbabaraké sariranékanggo kabecikané wong kabèh.8Sing siji kaparingan ganjaran déningSang Roh Suci bisa micara kanthikawicaksanan. Sing sijiné uga déningSang Roh Suci diparingi ganjaranmemulang bab Gusti Allah kanthipangwasa.9Sing siji diparingi ganjaran iman iyadéning Sang Roh Suci, lan sijiné menèhdiparingi ganjaran pangwasa kanggomarasaké wong lara.10Marang sawenèhing wong Sang RohSuci mau maringi ganjaran pangwasakanggo gawé mujijat, lan marang wongliyané kawasisan kanggo memulang, lanmarang wong liyané menèh ganjarankanggo mbédakaké roh rupa-rupa.Ana sing tampa ganjaran bisa caturannganggo basa roh, lan ana menèh singkaparingan ganjaran bisa nerangakétegesé basa roh mau.

1 KORINTUS 12.11–17 5311Kuwi mau kabèh pakaryané Sang RohSuci. Panjenengané maringi ganjaranmarang wong siji-sijiné miturut kersanépiyambak.12Sang Kristus kuwi kaya déné badansiji, sing akèh pérangané. Badané mungsiji, senajan pérangané akèh.13Semono uga kita kabèh, apa wongYahudi, apa wong kapir, apa batur-tukon, apa wong merdika, kita wispadha kabaptis dadi badan siji, lan wisdiombèni saka Roh siji.14Awit badan iki ora dibangun mungsaka pérangan siji waé, nanging sakapérangan akèh.15Yèn sikil muni: "Sarèhné aku iki dudutangan, aku dudu pérangané badan,"kuwi ora ateges, yèn sikil mau dudupéranganing badan.16Lan yèn kuping muni: "Sarèhné akududu mripat, dadi aku dudu péranganébadan," kuwi ora ateges yèn kuping maududu péranganing badan.17Saupama badan sekojur mungmripat, kepriyé bisané krungu? Yènbadan sekojur dadi kuping, kepriyébisané badan mau ngambu?

1 KORINTUS 12.18–25 5418Satemené, Gusti wis nitahaké sabenpéranganing badan mau béda-bédamiturut ing sakersané.19Yèn badan mung wujud pérangan siji,banjur endi sing diarani badan?20Sing nyata pérangan-péranganébadan mau akèh, nanging badané mungsiji.21Mulané mata ora kena muni marangtangan: "Aku ora butuh kowé!" utawasirah muni marang sikil: "Aku ora butuhkowé!"22Malah pérangané badan sing ringkihdhéwé kuwi sing dibutuhaké banget,23 lan péranganing badan sing miturutwawasan kita ora ana ajiné, kuwi singkita rumati. Gegelitaning badan singkatoné kurang apik, kita gatèkakébanget,24ora kaya enggon kita nggatèkaképérangan-pérangan sing wis éndah.Awit Gusti Allah enggoné mrenatabadan kita kuwi wis klawan patrapmengkono, nganti pérangan sing orapantes, digatèkaké luwih banget, supayadadi lan pantesé.25Dadi badan mono ora kapisah-pisah;nanging senajan pérangan-pérangané

1 KORINTUS 12.26–30 55

béda-béda, éwasemono pérangan singsiji mikiraké marang pérangan sijiné.26Mulané yèn ana pérangan siji singlara, pérangan liyané kabèh padha mèlungrasakaké. Lan yèn ana pérangansiji sing olèh pangalembana, péranganliya-liyané padha mèlu bungah.27 Iya kaya mengkono kowé kabèhenggonmu dadi sarirané Sang Kristus,lan saben wong padha dadi pérangané.28Uga ing pasamuwan Gusti Allahwis maringaké marang wong siji-sijinékalungguhan lan ayahan: sepisanrasul-rasul; kapindho nabi-nabi;katelu guru-guru; nuli wong-wongsing nindakaké mujijat-mujijat, lanwong-wong sing padha kaparinganpangwasa marasaké wong lara utawatetulung marang wong liya, utawa awèhtuntunan marang wong, utawa caturannganggo basa roh.29Wong-wong mau rak ora kabèh dadirasul, utawa dadi nabi kabèh, utawa dadiguru kabèh. Rak ora kabèh bisa gawémujijat,30utawa bisa marasaké lelara, utawabisa caturan nganggo basa roh, utawabisa nerangaké maksudé basa roh mau.

1 KORINTUS 12.31–13.4 5631Mulané padha ngudia supaya padhakaparingan ganjaran sing luhur dhéwé.Déné dalan sing apik dhéwé kuwi singmengkéné:

131Senajan aku bisa caturannganggo sakèhé basané

manungsa, malah nganggo basanémalaékat pisan, nanging yèn aku oraduwé katresnan, caturanku mau ajinéora ngluwihi gong sing mbrebegi kupingutawa uniné loncèng sing cumengklèng.2Senajan aku kaparingan wangsit sakaGusti Allah, utawa duwé kapinteransing sampurna, lan ngerti marangsakèhé wewadi; utawa senajan akuduwé iman sing sentosa nganti bisangingser gunung, nanging yèn aku oraduwé katresnan, aku ora ana gunanébabar-pisan.3Senajan barang-darbèkku kabèhdakdanakaké, malah senajan aku rilaawakku diobong, nanging yèn aku oraduwé katresnan, kabèh mau tanpa gunakanggoné aku.4Katresnan kuwi sabar lan senengnandukaké kabecikan; katresnan kuwiora kumèrèn, ora ngapikaké awakédhéwé lan ora kumenthus.

1 KORINTUS 13.5–12 575Katresnan kuwi ora kurang ajar, lanora golèk menangé dhéwé; ora gampangkecenthok lan ora ngendhem keluputanéwong liya ing atiné.6Katresnan kuwi ora seneng marangpiala, nanging seneng marang kabecikan.7Katresnan kuwi ora tau nyemplahakélan precaya marang kabecikan,pengarep-arepé lan kesabarané ora anapedhoté.8Katresnan kuwi ora ana watesé.Wangsit-wangsit mono mung kanggosawetara mangsa. Caturan nganggobasa roh kuwi bakal sirep, lan kawruhuga bakal sirna.9Awit kawruh lan wangsit singkaparingaké marang kita mau ugadurung sampurna.10Nanging yèn sing sampurna wis teka,sing ora sampurna bakal sirna.11Nalika aku isih bocah, caturanku,pangrasaku lan patrapku mikir kayabocah. Nanging saiki, sawisé akudiwasa, kaananku nalika isih bocah maudakbuwang kabèh.12Mengkono uga sing kita delengsaiki iki kaya déné gambar burengsing ana ing pengilon. Nanging mbésuk

1 KORINTUS 13.13–14.3 58

kita bakal padha ndeleng adu arep.Apa sing kita sumurupi saiki, iki mungsapérangan; nanging mbésuk kita bakalsumurup kanthi sampurna, kaya dénésampurnané pamirsané Gusti Allahmarang awakku.13Cekaké telung prekara iki sing prelu,yakuwi precaya, pengarep-arep lankatresnan; nanging sing penting dhéwéing antarané telu kuwi: katresnan.

141Mulané padha ngudia supayakowé duwé katresnan, lan

padha ngundhakna ganjaran-ganjaranpeparingé Sang Roh Suci; luwih-luwihsupaya kowé padha bisaa medharaképangandikané Gusti Allah.2Wong-wong sing padha caturannganggo basa roh, kuwi ora caturankaro manungsa, nanging karo GustiAllah, sebab manungsa rak ora ngertibasa roh mau. Wong mau ngandhakaképrekara-prekara sing winadi sranapangwasané Sang Roh Suci.3Nanging wong sing medharaképangandikané Gusti Allah kuwi caturankaro manungsa, yakuwi: mbangun,mituruti lan nglipur.

1 KORINTUS 14.4–7 594Wong sing caturan nganggo basaroh, kuwi mung nyantosakaké awakédhéwé, nanging wong sing medharaképangandikané Gusti Allah maunyantosakaké pasamuwan.5Aku kepéngin supaya kowé kabèhbisa padha caturan nganggo basa roh,nanging aku luwih seneng yèn kowékabèh bisa medharaké pangandikanéGusti Allah. Sebab wong sing medharaképangandikané Gusti Allah kuwi luwihmaédahi tinimbang wong sing caturannganggo basa roh, kejaba yèn ingpasamuwan ana wong sing bisanerangaké, supaya wong sapasamuwankabèh bisa kebangun.6Para sedulur, yèn aku teka menyangnggonmu, banjur caturan nganggo basaroh, kuwi paédahé apa? Babar-pisan oraana, kejaba yèn aku medharaké wahyusaka Pangéran, utawa kawruh, utawawangsit, utawa piwulang.7Kepriyé bisané wong ngerti lagusing diunèkaké nganggo suling utawaclempung, yèn piranti-piranti sing tanpanyawa mau ora metokaké swara singcetha?

1 KORINTUS 14.8–14 608Utawa slomprèt, yèn diunèkaké mungangger muni waé; sapa sing arep siagamaju perang?9Mengkono uga sapa sing bakal ngertimarang sing kokkandhakaké, yènpawartamu ora cetha, merga kowépadha caturan nganggo basa roh?Tembung-tembungmu mau mung bakalmuspra kabur ing angin.10 Ing jagad iki akèh basa, lan ora anabasa siji waé sing tanpa teges.11Yèn aku ora ngerti basa sing dienggocaturan wong, wong mau tumrapingaku banjur dadi kaya wong manca;mengkono uga aku tumraping dhèwèké.12Sarèhné kowé padha kepénginbanget nampa ganjaran peparingéSang Roh Suci, sabisa-bisa padhamersudia olèh ganjaran-ganjaran singbisa dipigunakaké kanggo mbangunpasamuwan.13Wong sing caturan nganggo basa roh,padha nyuwuna uga diparingi ganjaranbisa nerangaké apa sing dikandhakakénganggo basa roh mau.14Sebab yèn aku ndedonga nganggobasa roh, kuwi ya bener rohku ndedonga,nanging pikiranku ora mèlu ndedonga.

1 KORINTUS 14.15–20 6115Saiki apa sing kudu dakkandhakaké?Mengkéné: Aku arep ndedonga nganggorohku, nanging aku iya arep ndedonganganggo pikiranku. Aku arep memujinganggo rohku, lan aku iya arep memujinganggo pikiranku.16Yèn kowé saos sukur marang GustiAllah mung nganggo roh waé, kepriyéwong liya sing ana ing kumpulanmau bisa muni Amin, yakuwi ngaminienggonmu saos sukur mau? Sebabmokal menawa wong-wong ngertimarang tembungmu.17Senajan enggonmu saos sukur maubecik, nanging wong liya padha ora mèlukabangun.18Aku matur nuwun marang Gusti Allahdéné aku diparingi bisa caturan nganggobasa roh, ngungkuli kowé kabèh.19Nanging ana ing pasamuwanaku aluwung ngucapaké limangtembung, sing dingertèni wong, kanggomulang wong liya-liya, ketimbangkaro ngucapaké tembung maèwu-èwunganggo basa roh.20Para sedulur, pikiranmu aja kayapikirané bocah. Ing bab piala kowé kena

1 KORINTUS 14.21–24 62

kaya bocah, nanging ing bab mikir kowékudu kaya wong sing wis diwasa.21 Ing Kitab ana tulisan: "Aku bakalngandika marang bangsa iki, ‘Lumantarwong sing caturan nganggo basaroh, lan lumantar wong-wong manca,nanging umat iki ora bakal ngrungokaké,mengkono pangandikané Pangéran.’"22Peparing basa roh kuwi bukti tumrapwong sing padha ora precaya, lanora kanggo wong-wong sing precaya;nanging ganjaran medhar pangandikanéGusti Allah kuwi bukti kanggo wong-wong sing precaya, lan ora kanggowong-wong sing ora precaya.23Menawa ana ing kumpulan, wongsapasamuwan kabèh padha caturannganggo basa roh, banjur ana wongnjaba padha teka, yakuwi wong-wongsing ora precaya, apa wong-wong mauora padha ngira yèn kowé kabèh mauédan?24Nanging yèn kowé kabèh padhamedhar pangandikané Gusti Allah,banjur ana wong ora precaya utawawong saka njaba teka, wong kuwi bakalngrumangsani dosa-dosané, mergapamedharing pangandika sing dirungu

1 KORINTUS 14.25–28 63

mau. Wong mau bakal rumangsakawelèhaké déning pangandika mau.25Wewadi-wewadi sing sumimpen anaing atiné bakal kawiyak, lan wong maubakal ngasoraké awaké, banjur ngabektimarang Gusti Allah, karo ngaku yènGusti Allah nunggil karo kowé temenan.26Para sedulur, samangsa kowé padhanganakaké kumpulan, aku kepénginsupaya ana wong sing menyanyi, anasing mulang, ana menèh sing nglairakéwahyu saka Gusti Allah, ana wong singnglairaké pawarta nganggo basa roh, lanwong siji menèh sing nerangaké tegesébasa roh mau. Kabèh mau katindaknakanggo mbangun pasamuwan.27Yèn ana wong sing arep caturannganggo basa roh, kuwi beciké mungwong loro utawa akèh-akèhé telu waé,giliran, lan ana wong siji nerangakétegesé.28Yèn ing kumpulan mau ora ana wongsing bisa nerangaké tegesé, luwih becikyèn wong sing bisa caturan nganggobasa roh mau padha menenga waé.Karebèn wong mau padha mosik ingsajroning atiné dhéwé, lan matur ingngarsané Gusti Allah.

1 KORINTUS 14.29–34 6429Wong loro utawa telu sing padhatampa pawarta saka Gusti Allah maupadha medharna pawarta, déné wong-wong liyané padha ngrasak-ngrasaknaapa sing dikandhakaké déning wong-wong sing padha medhar pawartamau.30Nanging yèn ing antarané wong singkumpulan mau ana sing nampa pawartasaka Gusti Allah, prayoga menawasedulur sing lagi medhar pawartameneng dhisik.31Kowé kabèh kena medhar pawartasaka Gusti Allah, genti-gentèn, supayawong kabèh nampa piwulang sartapangatag-atag.32Ganjaran peparingé Sang Roh Sucikanggo medharaké pawarta saka GustiAllah kuwi kudu ana ing pangwasanéwong sing tampa peparing medharaképawarta mau,33 sebab Gusti Allah ora ngersakakékaanan sing kisruh, nanging sing tatalan tentrem. Padha kaya ing sakèhépasamuwané Gusti Allah,34prayogané ana ing kumpulanpangibadah, wong wadon padhamenenga, sebab padha ora diparengaké

1 KORINTUS 14.35–40 65

guneman; kaya sing kadhawuhakédéning Torèté wong Yahudi, wong-wongwadon mau ora kena mèlu caturan.35Yèn ana prekara sing kepénginditakokaké, ana ing omah takonamarang bojoné. Sebab tumraping wongwadon ora pantes menawa guneman anaing pasamuwan.36Pangandikané Gusti Allah kuwi tekanéora saka kowé! Utawa pangandikanéGusti Allah kuwi rak ora mungkaparingaké marang kowé!37Sing sapa nganggep yèn dhèwèkéutusané Gusti Allah, utawa yèn dhèwèkémau kaparingan ganjaran saka SangRoh Suci, wong kuwi kudu éling, yènapa sing daktulis ana ing layang marangkowé iki mau dhawuhé Gusti.38Yèn wong mau ora gelem nurutmarang dhawuh, wong kuwi ajakokgatèkaké.39Merga saka kuwi, para sedulur padhangudia medharaké pawartané GustiAllah, nanging aja ngalang-alangi wongsing caturan nganggo basa roh.40Samubarang kabèh lakonana klawanpatut lan tata.

1 KORINTUS 15.1–6 66

151Para sedulur, aku saiki arepngélingaké kowé bab Injil sing

biyèn wis dakwartakaké marang kowé.Injil wis koktampani lan saiki kowé wispadha mantep precayamu, alandhesanInjil mau.2Srana Injil mau kowé padhadislametaké, angger enggonmu nampaniklawan mantep, kejaba menawaenggonmu nampani tanpa pangerti.3Apa sing dakwartakaké marang kowéiki iya sing wis daktampani dhéwé. Dénésing penting dhéwé yakuwi, Sang Kristuswis séda krana dosa-dosa kita, kaya singkatulis ana ing Kitab Suci;4 lan Panjenengané wis kasarèkaké,lan wis kawungokaké ing telung dinané,kaya sing katulis ana ing Kitab Suci;5 lan Panjenengané wis ngetingalmarang Pétrus, sawisé kuwi marangpara rasulé rolas;6banjur ngetingal uga marang paramuridé luwih saka wong limang atusbebarengan; wong-wong mau ngantisepréné akèh sing isih padha urip, salongiya wis padha mati.

1 KORINTUS 15.7–12 677Gusti Yésus mau uga ngetingalmarang Yakobus, banjur marang pararasul kabèh.8Déné sing kèri dhéwé ngetingalmarang aku, senajan aku iki kaya dénébayi sing lair keluron.9Aku iki rasul sing asor dhéwé lan orapantes disebut rasul, merga aku wis taunguya-uya pasamuwané Gusti Allah.10Nanging merga sih-rahmaté GustiAllah, aku dadi kaya kaananku saiki.Lan sih-rahmat sing kaparingakédéning Gusti Allah marang aku, oramuspra. Awit aku wis nyambut-gawéluwih keras ketimbang karo para rasulliya-liyané, senajan satemené dudu sakapamersudiku dhéwé, nanging mergasih-rahmaté Gusti Allah sing makaryaana ing aku.11Mulané embuh aku, embuh rasulliyané sing ngabaraké Injil, kuwi orapenting. Sing prelu dhéwé Injil singkokprecaya kuwi pinangkané saka GustiAllah.12Menawa kita martakaké, yèn SangKristus kuwi kawungokaké saka ingséda, kepriyé kokpanunggalanmu ana

1 KORINTUS 15.13–18 68

wong sawetara sing kandha, yèn wongmati bakal ora katangèkaké?13Saupama mengkono temenan,kuwi rak ateges Sang Kristus uga orakawungokaké.14Lan yèn Sang Kristus orakawungokaké, rak ora ana prekarasing prelu dakwartakaké. Mengkonouga rak ora ana prekara sing prelukokprecaya.15Malah aku banjur padha ketitik gorohing ngatasé Gusti Allah, sebab aku padhamuni yèn Gusti Allah kuwi mungokakéSang Kristus saka ing séda, mangkakandhané wong mau, wong mati orakatangèkaké.16Sebab menawa wong mati orakatangèkaké, mesthiné Sang Kristus rakiya ora kawungokaké.17Lan yèn Sang Kristus orakawungokaké precayamu rak munggagasan sing ngayawara (khayalan)lan kowé isih padha mati mergadosa-dosamu.18Kuwi uga ateges yèn wong-wongKristen sing wis padha mati, kabèh wispadha mati merga dosa-dosané.

1 KORINTUS 15.19–24 6919Lan yèn enggon kita precaya marangSang Kristus mau mung kanggo urip kitasalawasé ana ing donya iki waé, kita ikirak dadi wong sing cilaka dhéwé ana ingjagad kéné.20Nanging sing bener yakuwi: SangKristus wis kawungokaké saka ing séda,lan kuwi sing dadi jaminan, yèn wongsing wis mati iya bakal katangèkaké.21Sebab kaya déné pati kuwi tekanémerga saka wong siji, mengkono ugapatangèné wong mati iya merga sakawong siji.22Kaya déné wong kabèh enggonémati merga nunggal dat karo RamaAdam, mengkono uga manungsa kabèhbakal katangèkaké saka ing pati mergaenggoné tetunggilan karo Sang Kristus.23Siji-sijiné ditangèkaké manutgilirané: dhisik dhéwé Sang Kristus,banjur wong-wong sing dadi kagungané,yakuwi mbésuk samangsa Panjenenganérawuh menèh.24Sawisé kuwi, lagi kiamat. SangKristus bakal nelukaké sakèhé parapenggedhé, pepréntahan, lan sakèhépangwasa, sarta masrahaké pangwasa

1 KORINTUS 15.25–29 70

enggoné jumeneng ratu ana ing Kratoné,marang Allah Sang Rama.25Awit ora kena ora Sang Kristusmesthi ngratoni jagad iki nganti sakèhémungsuhé ditelukaké déning Gusti Allahana ing sangisoring sampéyané.26Déné mungsuh pungkasan sing bakalkatelukaké, yakuwi pati.27Awit ing Kitab Suci ana pangandika:"Gusti Allah wis nelukaké samubarangkabèh ana ing sangisoring sampéyané."Tembung "samubarang kabèh"kuwi mesthi ateges yèn Gusti Allahpiyambak ora klebu ana ing kono,merga Panjenengané sing nelukakésamubarang mau marang Sang Kristus.28Sawisé samubarang kabèh kelakonkatelukaké marang Sang Kristus,nuli Sang Kristus, yakuwi Sang Putrapiyambak, bakal nelukaké sariranépiyambak marang Gusti Allah, sing wisnelukaké samubarang kabèh marangSang Putra. Kaya mengkono akiréGusti Allah piyambak sing bakal ngastasakabèhing pepréntahan.29Yèn ora mengkono, apa paédahébaptisé wong-wong sing padha dibaptismerga wong mati? Sing diarep-arep apa?

1 KORINTUS 15.30–35 71

Menawa wong mati ora ditangèkaké,kaya kandhané sawenèhing wong,yagéné wong-wong mau padha dibaptismerga wong sing wis mati?30Mengkono uga aku kabèh iki, yagénéaku sawayah-wayah padha gelemngadhepi bebaya?31Enggonku kandha mengkono mau,merga kowé gawé mongkoging atikudéné padha dadi wong Kristen.32Saupama enggonku gelut karokéwan-kéwan galak ana ing kuthaÉfesus mung ditimbang-timbang caramanungsa, paédahé apa tumraping aku?Menawa wong mati ora ditangèkaké, apaora luwih becik yèn kita padha muni: —kaya uniné sawenèhing wong — "Payopadha mangan lan ngombé, awit sésukkita padha mati."33Kowé aja kena diapusi! Pesrawungansing ala kuwi ngrusak kasusilanmu.34Pikiranmu sing waras padhapigunakna menèh, lan marènana gawédosa. Kowé kudu isin, menawa akukandha ing antaramu ana sing durungwanuh karo Gusti Allah.35Mbokmenawa ana wong takon:"Wong mati kuwi enggoné katangèkaké

1 KORINTUS 15.36–41 72

kepriyé? Lan yèn wis katangèkakébadané kaya apa?"36Bodho temen kowé kuwi! Yèn kowénandur wiji ana ing lemah, apa wiji mauora kudu mati dhisik sadurungé thukul?37Sing koktandur ing lemah mau rak yamung wiji, upamané wiji gandum utawawiji-wiji liyané, nanging rak ora wujudtanduran sing wis pepak.38Sing maringi wujud marang saben wijimau Gusti Allah, miturut ing sakarsanépiyambak, saben wiji kaparingan wujudsing cocog karo wiji mau.39Dagingé para tumitah singkadunungan nyawa kuwi ora padha.Dagingé manungsa béda karo dagingétitah liyané. Dagingé kéwan-kéwan iyabéda-béda. Dagingé manuk béda karodagingé kéwan liyané, semono uga iwakdagingé béda menèh.40Mengkono uga ana barang sing anaing langit lan ana barang sing ana ingbumi; kamulyané barang kang ana inglangit, béda karo kamulyané barangkang ana ing bumi.41Kamulyané srengéngé béda karokamulyané rembulan, lan béda karokamulyané lintang-lintang. Malah

1 KORINTUS 15.42–48 73

ing antarané lintang-lintang dhéwékamulyané uga béda-béda.42Kaya mengkono bakal kaanané wongmati mbésuk yèn katangèkaké. Nalikabadan kakubur, badan mau nandhangrusak, nanging mbésuk, yèn badankatangèkaké, kaanané bakal langgeng.43Nalika dikubur kaanané badan maunistha lan ringkih, nanging yèn wiskatangèkaké, kaanané bakal éndah lankuwat.44Nalika kakubur badan mau arupabadan wadhag, nanging sawisékatangèkaké bakal arupa badankasukman. Yèn ana badan wadhag, iyaana badan kasukman.45Kaya sing dingandikakaké déningKitab Suci: "Manungsa wiwitan Adam,kuwi dadi titah sing urip," nanging Adamsing wekasan dadi, Roh sing nguripaké.46Sing teka dhisik dudu badankasukman, nanging badan kedagingan;sawisé kuwi lagi sing sipat kasukman.47Adam sing kawitan dumadiné sakalemah, nanging Adam sing kapindhoasalé saka ing swarga.48Wong-wong kadonyan padhakaro sing asalé saka lemah mau,

1 KORINTUS 15.49–53 74

nanging wong-wong kaswargan kayaPanjenengané, sing pinangkané saka ingswarga.49Kaya déné sipat kita saiki, kaya wongsing katitahaké saka lemah, mengkonouga mbésuk sipat kita bakal kayaPanjenengané sing pinangkané saka ingswarga mau.50Sing dakkarepaké mengkéné, parasedulur, yakuwi badan kita sing sipatdaging lan getih iki ora bisa mèlu uripana ing Kratoné Gusti Allah, lan titahsing kena ing rusak iki ora bisa duwésipat langgeng.51Wewadi sing dakkandhakakémarang kowé iki setitèkna: Kita orakabèh bakal ngalami mati, nangingsamangsa slomprèt sing wekasan dhéwédiunèkaké, kita sanalika bakal padhamalih.52Awit samangsa slomprèt mau muni,wong mati bakal padha katangèkakénganggo kaanan sing langgeng, lan kitakabèh bakal padha malih.53Awit apa sing kena ing rusak maubakal salin wujud, sing asipat langgeng;lan sing bisa mati bakal ngrasuk sipatsing ora bisa mati.

1 KORINTUS 15.54–16.1 7554Lan yèn samubarang sing kena ingrusak mau wis ngrasuk sipat langgeng,lan apa sing bakal mati kuwi wis ngrasuksipat ora kena ing pati, ing kono bakalkelakon pangandikané Kitab Suci singmengkéné: "Pati wis ditelukaké, lankaunggulané ing ngatasé pati wissampurna."55 "Hèh pati, ana ing ngendikaunggulanmu? Hèh pati, ana ingngendi ampuhing wisamu?"56Wisaning pati kuwi dosa, lan singmènèhi kekuwatan marang dosa kuwiTorèt.57Nanging puji sokur konjuk marangGusti Allah, sing wis maringi kaunggulanmarang kita lantaran Yésus Kristus,Gusti kita!58Mulané para sedulurku, kowépadha sing mantep lan padha singteguh. Padha tansah sregepa nglakoniayahan peparingé Gusti Yésus, sebabkowé ngerti yèn pegawéanmu kuwibabar-pisan ora muspra.

161Saiki bab sumbangsih arupadhuwit sing manut layangmu

arep kanggo mitulungi umaté GustiAllah sing ana ing Yudéa: Kowé padha

1 KORINTUS 16.2–7 76

nindakna kaya pamrayogaku marangpasamuwan-pasamuwan ing tanahGalatia.2Saben dina Minggu padha nyisihnadhuwit manut saduwéné. Padhaklumpukna, supaya samangsa akumbésuk teka, kowé ora prelu kesusu-susu nglumpukaké dhuwit mau.3Mbésuk satekaku, aku bakal akonwong-wong sing kokprecaya, nganggodakgawani layang, supaya ngeterakésumbangsihmu mau menyang kuthaYérusalèm.4Yèn aku prelu mèlu mangkat, iyakena; karebèn wong-wong mau mangkatbareng karo aku.5Enggonku arep niliki kowé, mbésukyèn aku wis saka Makédonia, sebab akukepéngin ndlajahi tanah kono.6Aku bakal mréné lan manggonsawetara lawasé ana ing satengahmu,bisa uga sajroné mangsa bedhidhing.Sawisé kuwi kowé bisa mbiyantu akunerusaké lakuku.7Yèn Gusti marengaké, aku kepénginmanggon sawetara suwé ana ingsatengahmu, supaya enggonku mrénéora mung kaya wong mampir waé.

1 KORINTUS 16.8–15 778Aku kepéngin ana ing kutha Éfesuskéné nganti Riaya Péntakosta,9awit aku olèh wewengan lan wektuakèh kanggo ngabaraké Injil, senajanwong sing padha nglawan iya akèh.10Menawa Timotius teka mréné,padha tampanana, awit dhèwèké uganyambut-gawé kagem Gusti, kaya aku.11Aja ana wong sing nyepèlèkakédhèwèké, malah biyantunen, supayabisa nerusaké lakuné, sarta bali menèhmenyang panggonanku; sebab akungarep-arep Timotius bali mrénébebarengan karo para sedulur liyané.12Déné mungguh sedulur Apolos, wiskerep aku ngatag-atag dhèwèké, supayaniliki kowé, bareng karo sedulur-sedulurliyané. Nanging ing wektu iki, sedulurApolos mau durung bisa mréné.13Wusana, padha jumagaa. Padhadibakuh ing pengandel! Padha dikendellan disantosa,14 lan pegawéanmu kabèh lakonanakanthi katresnan.15Kowé mesthiné wis padha ngerti yènStéfanus lan brayaté, klebu wong-wongkawitan ing Akhaya sing mratobat lan

1 KORINTUS 16.16–21 78

nglakoni ayahan kagem Gusti Yésus.Penjalukku marang kowé para sedulur,16padha manut mituruta marangwong-wong sing kaya mengkono mau,lan iya marang sapa waé sing padhambiyantu lan mèlu nglakoni rekasa karowong-wong mau.17Aku bungah déné Stéfanus,Fortunatus lan Akhaikus wis padha tekankéné niliki aku. Awit wong-wong kuwidakanggep minangka gantimu.18Sedulur-sedulur mau gawébungahing atiku, kaya déné enggonégawé bungahing atimu. Wong-wong singkaya mengkono mau padha ajènana.19Para pasamuwan ing tanah Asiakabèh kirim salam marang kowé.Akwila lan Priskila, lan pasamuwansing kumpulan ana ing omahé, ugapadha kirim salam paseduluran ingpatunggilané Gusti.20Sedulur-sedulur kabèh ing kénépadha kirim salam marang kowé. Sijilan sijiné padha awèha salam, kanthipengambung suci.21Lan layang iki daktulis dhéwé: Salamsaka aku, Paulus.

1 KORINTUS 16.22–24 7922Sing sapa ora tresna marang GustiYésus, kenaa paukuman déning GustiAllah. Maranata — Gusti mugi énggalrawuh!23Sih-rahmaté Gusti Yésus dumunungaana ing kowé kabèh.24Tresnaku marang kowé sumrambahaing kowé kabèh ing patunggilané SangKristus Yésus. Saka aku sekloron, Pauluslan Sostenès

2 Korintus

11Layang saka Paulus, sing sakakersané Allah katimbalan dadi rasulé

Gusti Yésus; lan saka sedulur kitaTimotius, tumekaa marang pasamuwanéAllah ing kutha Korintus, lan marangsakèhé umaté Allah ing satanah Akhayakabèh.2Muga-muga Gusti Allah, Rama kita lanGusti Yésus Kristus maringi sih-rahmatlan katentreman marang kowé.3Ayo padha saos panuwun marangGusti Allah, Ramané Gusti Yésus Kristus,Rama kang gedhé sih-piwelasé, lan Allahkang dadi sumbering sakèhé pitulungan!4Panjenengané ngentas kita sakasarupaning kasusahan, supaya sranapitulungan sing saka Gusti Allah mau,kita uga bisa nyantosakaké atinéwong-wong sing padha nandhangkasusahan.5Kaya déné enggon kita mèlu nandhangsangsarané Sang Kristus, mengkono ugalantaran Sang Kristus, ati kita padhadisantosakaké kang luwih banget.

2 KORINTUS 1.6–10 26Enggonku padha nandhang kasusahankuwi satemené kanggo nyantosakakébatinmu murih keslametanmu. Yènaku padha disantosakaké, kowé ugapadha mèlu disantosakaké lan diparingikekuwatan, supaya bisa tahan nandhangsangsara kaya sing dakalami.7Mulané pengarep-arepku marangkowé tetep panggah, jalaran akupadha ngerti yèn kowé wis padha mèlunandhang sangsara karo aku, mulanékowé bakal padha nampani sentosaningbatin kaya sing diparingaké marang akukabèh.8Para sedulur, karepku supaya kowéuga padha ngerti bab kasusahan singpadha dakalami ana ing wilayah Asia.Aku padha nandhang sangsara singgedhé lan abot banget, nganti ora duwépengarep-arep yèn bakal urip.9Malah saka rumangsaku aku wis padhakapatrapan paukuman pati. Kabèh mausatemené supaya aku aja padhangendelaké marang awakku dhéwé,nanging mung ngendelna marang GustiAllah, sing kwasa nangèkaké wong mati.10Panjenengané wis nguwalakéaku kabèh saka bebaya pati sing

2 KORINTUS 1.11–13 3

nggegirisi mau. Lan aku padha yakin,yèn Panjenengané mbésuk iya bakalnguwalaké menèh, awit Panjenenganésing padha dakandelaké.11Mulané kowé padha mbiyantuaklawan pandonga. Aku yakin yèn GustiAllah nyembadani pandongamu, sartabakal nguwalaké aku kabèh sakabebaya. Akèh pandonga kanggo akukabèh sing dikabulaké, lan aku bakalpadha diberkahi déning Panjenengané.Mulané akèh wong sing padha saospanuwun marang Gusti Allah, mergapandonga-pandongané sing dikabulakémau.12Sing ndadèkaké gedhéning atiku,yakuwi swaraning batinku, singngyakinaké aku, yèn uripku ing donyaiki dierèh déning ati sing resik lan éklas,peparingé Allah, srana pangwasanésih-rahmaté piyambak, lan ora déningkawicaksanané manungsa, luwih-luwihsing magepokan karo pesrawungankukaro kowé.13Sing daktulis marang kowé ikimung bab-bab sing bisa kokwaca lankokngertèni. Pangertimu mau saikidurung ganep; nanging banget ing

2 KORINTUS 1.14–19 4

pengarep-arepku, pangertimu mau dadisampurna,14 supaya mbésuk ing Dina rawuhéGusti Yésus, kowé padha mongkog atimumerga saka aku, kaya déné aku iyapadha mongkog ing ngatasé kowé.15Semono gedhéning keyakinanku,nganti wiwit-wiwitan mula aku wisngrancang arep niliki kowé, supaya kowépadha olèh berkah tikel loro.16Rancangan enggonku arep nilikikowé mau mbésuk yèn aku mangkatmenyang tanah Makédonia lan mampirsaulihku saka ing kana. Aku kepénginkokbiyantu supaya aku bisa nerusakélakuku menyang tanah Yudéa.17Nanging rancanganku ikidakbatalaké; ora merga pikirankugampang molah-malih. Utawa ora mergaaku kepéngin nuruti karepku dhéwé,nganti sedhéla muni "Ya" lan sedhélamenèh muni "Ora?"18Demi Allah kang setya tuhu, janjikukaro kowé biyèn dudu "Ya" utawa "Ora".19Sebab Gusti Yésus Kristus, PutranéAllah, sing diwartakaké marang kowédéning Silas, Timotius lan aku dhéwé,kuwi dudu "Ya" lan "Ora". Nanging

2 KORINTUS 1.20–24 5

wangsulan "Ya" sing dingandikakakédéning Gusti Allah.20Lantaran Gusti Yésus mau Gusti Allahwis ngandika "Iya" tumrap sakèhingjanjiné! Yakuwi sebabé kita padha muni"Amin" krana Gusti Yésus Kristus. Sranamengkono kita padha ngluhuraké GustiAllah.21Gusti Allah piyambak sing ngyakinakékowé lan aku, yèn urip kita ikikatunggilaké karo Sang Kristus. GustiAllah piyambak sing wis milih kita.22Lan maringi cap minangka pretandhayèn kita dadi kagungané. Panjenenganéwis maringaké Sang Roh Suci ana ingati kita, minangka panjer tumrapingberkah-berkah sing bakal diparingakémarang kita.23Gusti Allah dadi seksiku;Panjenengané pirsa isining atiku!Enggonku mbatalaké rancanganku nilikikowé ing Korintus, kuwi merga akungéman karo kowé.24Aku ora arep meksa kowé bab singkudu kokprecaya, awit precayamu wisbakuh. Aku mung kepéngin mbiyantusupaya kowé saya rumangsa begja.

2 KORINTUS 2.1–6 6

21Mulané aku wis gawé putusan, oraarep niliki kowé sing malah gawé

sedhihmu.2Sebab yèn aku nganti gawé sedhihmu,sapa sing bakal nglipur aku? Apa duduwong-wong sing wis dakgawé sedhihmau?3Mulané aku banjur nulis layang ikimarang kowé. Aku emoh nekani kowélan digawé sedhih déning wong-wongsing mesthiné gawé bungahku. Sebabaku ngerti yèn aku bungah, kowé kabèhiya bakal padha bungah.4Nalika aku nulis layang iki, atikusedhih, awang-awangen, lan karobola-bali nètèsaké luh. Enggonkukandha mengkono mau ora merga akuarep gawé sedhihmu, nanging supayakowé padha ngerti sepira gedhéningkatresnanku marang kowé.5Menawa ana wong sing gawé sedhih,kuwi dudu aku sing digawé sedhih,nanging kowé kabèh; utawa saora-orané— supaya aku ora mbanget-mbangetaké— sapérangan saka ing antaramu.6Kanggoné wong mau wis cukup yènwong akèh ing antaramu sing ngélikaké.

2 KORINTUS 2.7–13 77Wong kuwi padha apuranen lanbombongen menèh, supaya aja ngantisemplah.8Penjalukku, kowé padha nuduhnakatresnanmu marang wong singkeluputan mau.9Enggonku nulis layang iki marangkowé, merga aku kepéngin ngerti,kepriyé kaananmu sajroning pendadaranmau lan apa kowé tansah nindakakékanthi setya prenatan-prenatan singdakwènèhaké marang kowé.10Yèn kowé padha ngapura wong singkeluputan, aku iya ngapura wong mau.Sebab yèn aku ngapura — saupama anasing kudu dakapura — aku ngapura wongmau ana ing ngarsané Sang Kristus,murih becikmu,11 supaya Iblis aja olèh wewengan gawérugi kita, sebab kita rak padha ngertipokal-gawéné.12Satekaku ing kutha Troas, aku arepmartakaké Injilé Sang Kristus, awit Gustiwis maringi wewengan marang akukanggo nindakaké pegawéan mau.13Nanging atiku ora kepénak, jalaranora bisa ketemu karo sedulur Titus.

2 KORINTUS 2.14–17 8

Mulané aku banjur pamitan lan mangkatmenyang kutha Makédonia.14Nanging atur panuwunku marangGusti Allah, déné ana ing patunggilanéSang Kristus, Gusti Allah tansahnuntun aku kabèh ana ing dalaningkaunggulané. Gusti Allah wis ngagemaku kabèh martakaké kawruh bab SangKristus mau kaya déné ganda wangi,sing sumebar ana ing ngendi-endi.15Aku padha kaya gandaning dupa singdiobong déning Sang Kristus sumaosmarang Gusti Allah, gandané sumebarana ing antarané wong sing padhadislametaké,16nanging tumraping wong singbakal nemu tiwas, aku iki padha kayagandaning pati, sing gawé tiwas.Satemené sapa sing bisa nglakoniayahan sing kaya mengkono kuwi?17Aku ora kaya wong-wong sing padhasembrana, sing nganggep pangandikanéAllah mau padha karo barang daganganmurah. Sarèhné aku diutus déning GustiAllah piyambak, dadi tumindakku ikiklawan ati sing tulus. Panjenenganépirsa, yèn olèhku martakaké pangandika

2 KORINTUS 3.1–5 9

mau kaya déné para abdiné SangKristus.

31Apa sing mengkono mau aku iyangalem marang awakku dhéwé?

Apa prelu nganggo nuduhaké layangpangalembana marang kowé utawa sakakowé, kaya wong-wong liyané?2Kowé dhéwé kuwi wujudé layangpangalembanaku sing dakgawa, yakuwilayang sing katulis ana ing atiku, supayadiweruhi lan diwaca déning saben wong.3Wis cetha yèn Sang Kristus piyambaksing nulis layang mau lan ngirimakélantaran aku: dudu layang sing ditulisnganggo mangsi, nanging nganggoRohé Allah kang gesang; ora ana ingwatu, nanging ana ing sajroning atinémanungsa.4Enggonku muni mengkono kuwimerga aku ngandel marang Gusti Allah,lantaran Sang Kristus.5Sebab tumraping aku, ora anabarang siji waé ing badanku, sing kenadakenggo dhasar nglakoni penggawésing mengkono mau. Enggonku bisanindakaké apa-apa iku mung mergasaka pakaryané Gusti Allah.

2 KORINTUS 3.6–10 106 Iya Panjenengané sing marengakéaku dadi peladosing prejanjian anyar,sing ora wujud angger-anggera singkatulis, nanging saka Rohé Allah. Sebabangger-angger sing ditulis kuwi matèni,nanging Rohé Allah nguripi.7Nalika angger-angger sing matèni mauditatah ana ing watu, kamulyané GustiAllah diketingalaké. Senajan cahyaningkamulyan sing ana ing pasuryané NabiMusa kuwi dhèk semana wis luntur,éwasemono merga cahya mau umatIsraèl ora kuwat nyawang pasuryanéNabi Musa. Yèn angger-angger, singmung nggawa pepati waé diparingikamulyan sing semono gedhéné,8 iba gedhéning cahya kamulyaningpakaryané Roh Suci!9Yèn prejanjian sing njalari manungsadiukum waé kamulyané semonogedhéné, méndahané menèh gedhéningkamulyané prejanjian sing njalarimanungsa kabeneraké.10Satemené sing biyèn kaanggep luhur,kuwi dudu apa-apa, yèn katandhing karokamulyan sing luwih luhur saiki iki.

aangger-angger: Pangentasan 20:1-17 ugi dipunwastani Torèt.

2 KORINTUS 3.11–17 1111Awit yèn barang sing bisa sirnawaé dikanthèni kamulyan, apa menèhbarang sing langgeng, saiba gedhénékamulyané.12 Iya pengarep-arep sing mengkonokuwi sing marakaké aku padha dadikendel.13Aku kabèh iki ora kaya Nabi Musa,sing nutupi pasuryané, supaya umatIsraèl ora weruh sirnaning kamulyanmau.14Pikirané umat kuwi pancèn wis dadikethul, sebab nganti sepréné pikiranéisih tetep ketutupan, yakuwi samangsawong-wong mau padha maca kitab-kitabPrejanjian Lawas. Amarga mung SangKristus piyambak kang bisa ngicali tutupmau.15Tekan sepréné, yèn wong-wong maupadha maca Torèté Nabi Musa, pikiranétetep padha ketutupan.16Nanging wong kang mratobat marangGusti, iku tutupé nuli kasingkiraké.17Tembung "Gusti" ing kéné tegeséRohé Gusti Yésus Kristus. Lan ing ngendiana Rohé Sang Kristus mau, ing konomesthi ana kamerdikan.

2 KORINTUS 3.18–4.4 1218Kita saiki padha nyunarakékamulyané Gusti Yésus tanpa ketutupan.Sarèhné kamulyan mau asalé saka Gusti,kang asipat Roh, mulané kita padhakasalinan rupa, madhani pasemonéGusti piyambak, klawan kamulyan kangmundhak-mundhak.

41Aku ora padha cilik ati, sebabtansah dipitulungi déning Gusti Allah,

sing maringi ayahanku iki marga sakasih-piwelasé.2Mulané aku padha emoh nglakonisakèhing penggawé sing slingkuh lansing nistha. Aku padha ora ngapusiutawa malsu pangandikané Gusti Allah.Aku padha terang-terangan ngabarakéapa sing dadi kersané Gusti Allah.Mula ana ing ngarsané Gusti Allahaku masrahaké badanku supaya diadilimanut pemawasé wong kabèh.3Yèn Injil sing dakwartakaké ikiketutupan utawa kurang cetha, kuwimung tumrap wong-wong sing padhanemu tiwas.4Wong-wong mau padha ora precaya,merga pikirané digawé peteng déningIblis, yakuwi penggedhéné kadursilansing ngwasani jagad iki. Wong-wong

2 KORINTUS 4.5–7 13

mau padha dialang-alangi déning Iblis,supaya aja padha weruh pepadhang,sing sumunar saka Injil, sing medharakékamulyané Sang Kristus; sebab SangKristus kuwi gambaré Gusti Allah singsanyata.5Aku padha ora martakaké bab awakkudhéwé. Sing padha dakwartakaké kuwiGusti Yésus Kristus, sing jumenengGusti, lan aku iki padha dadi abdimusaka kersané Gusti Yésus.6Awit Gusti Allah ngandika: "Sakaing pepeteng bakal ana pepadhangkang sumunar!,"b iya Gusti Allah singnyunaraké pepadhang mau ana ingsajroning ati kita, madhangi pikiran kitadadi ngerti bab kamulyané Allah, singsumunar saka wedananéc Sang Kristus.7Nanging aku sing padha nduwèniraja-brana karohanèn kuwi, kaya dénégrabah sing digawé saka lempung; daditetéla yèn pangwasa sing ngédab-édabimau asalé saka Gusti Allah, ora sakaaku.

bsumunar: sumorot; pepadhang kang sumunar(Kej 1:3).cwedana: rai.

2 KORINTUS 4.8–14 148Aku padha kerep disiksa, nanging oraremuk. Kerep mangu-mangu, nangingora tau semplah.9Mungsuhku akèh, nanging mitra-mitraku ora sethithik. Lan senajanana kalané aku padha tatu ngantimbebayani, nanging aku ora nganti mati.10Sédané Gusti Yésus kuwi tansahkaton ana ing badan kamanungsanku,supaya wunguné Sang Kristus iya katonaana ing awakku.11Selawasé urip, aku tansah padhadiancam déning pati merga Gusti Yésus,supaya wunguné Gusti Yésus katona anaing badan kamanungsanku.12Kuwi ateges yèn dayané si patitansah masésa ana ing badanku,nanging dayané si urip nyambut-gawéana ing kowé.13 Ing Kitab Suci ana pangandika: "Akuprecaya, mulané aku bisa kandha."Kanthi pengandel sing mengkono mau,aku iya bisa muni: "Aku bisa kandha,sebab aku wis precaya."14Aku ngerti yèn Gusti Allah, singwis mungokaké Gusti Yésus, ugabakal nangèkaké kita bebarengan karo

2 KORINTUS 4.15–5.1 15

Panjenengané, sarta ngirid kita kabèhsowan ana ing ngarsané.15Kelakoné kuwi kabèh murih becikmu.Saya akèh wong sing padha nampanisih-rahmaté Allah, uga saya akèh pujisokur sing kasaosaké déning wong-wongmau kagem kaluhurané Allah.16Kuwi sebabé aku padha ora tausemplah. Senajan badan wadhag kitasaya rusak, nanging kasukman kitasaben dina kaanyaraké.17Kasangsaran sing padha daklakoniiki, ora sepiraa lan mung kanggosawetara mangsa waé, kuwi bakal njalariaku padha olèh kamulyan gedhé bangetsing langgeng ngungkuli kasangsaransing daksandhang mau.18Sebab sing dakgatèkaké dudubarang-barang sing katon, nangingprekara-prekara sing ora katon. Awit apasing katon kuwi anané mung sawetaramangsa, nanging prekara-prekara singora katon, kuwi langgeng ing selawasé.

51Awit kita padha ngerti, yènsamangsa tarub sing kita enggoni

saiki — yakuwi badan wadhag kita singana ing donya iki — dibongkar, kita wispadha duwé omah ana ing swarga; omah

2 KORINTUS 5.2–7 16

sing diyasa déning Gusti Allah piyambaklan kanggo selawasé.2Saiki kita padha nggresah, lan padhakepéngin énggala manggon ing omahsing ana ing swarga mau.3Awit yèn wis manggon ing kana, kitabakal rumangsa olèh pengayoman.4Sebab selawasé kita manggon anaing kémah kadonyan iki, kita padhanggresah merga aboting momotan kita.Ora kokmerga kita kepéngin ninggalbadan sing ana ing donya iki, nangingluwih seneng saupama kita diparinganabadan kaswargan, supaya badan singkena ing pati iki disalinana badan singurip langgeng.5Gusti Allah sing mrenata kuwi maukabèh, lan Panjenengané piyambakwis maringaké Rohé marang kita,minangka panjering samubarang singwis kacadhangaké marang kita.6Mulané atiku tansah padha tatag,senajan aku padha ngerti yèn selawaséaku isih padha manggon ana ing badanwadhag iki, aku isih adoh saka daleméGusti.7Merga urip kita alandhesan precaya,ora alandhesan barang sing katon,

2 KORINTUS 5.8–12 178mulané atiku padha tatag, lan akuluwih seneng ninggal badan iki, supayabisa manggon bebarengan karo Gusti.9Éwasemono sing penting yakuwi babkepriyé bisaku gawé renané penggalihéGusti, dadia ana ing omahku saiki,badanku wadhag iki, dadia ana ingomahku kaswargan.10Awit ora kena ora, kita kabèh mesthibakal padha ngadhep ana ing ngarsanédhampar pengadilané Sang Kristus,lan saben wong bakal diadili manutpenggawéné dhéwé-dhéwé, sing wispadha dilakoni sajroning uripé ana ingdonya kéné, dadia penggawé sing becik,dadia penggawé sing ala.11Aku padha ngerti apa tegesé wedimarang Gusti Allah, mulané aku padhamituturi wong-wong, supaya precayamarang Panjenengané. Gusti Allah pirsasakèhing kaananku! Muga-muga kowéuga ngerti krenteging atiku iki.12Aku ora arep ngalem awakku dhéwéana ing ngarepmu. Malah aku mung arepawèh ketrangan sing becik, sing kenakokanggep dhasar enggonmu mongkogtumraping aku. Srana mengkono kowébisa awèh wangsulan marang wong-

2 KORINTUS 5.13–17 18

wong sing padha ngegung-egungakémanungsa manut gebyaré, ora manuttata-kasukmané.13Yèn aku katoné padha kaya wongsing ora waras, kuwi merga aku padhanindakaké ayahané Gusti Allah. Lanyèn aku katoné kaya wong waras, kuwimerga krana kowé.14Urip kita iki dikwasani déning sihéSang Kristus, yakuwi samangsa kitangakoni, yèn wong siji wis mati kanggowong akèh, dadiné wong kabèh mau wismèlu mati ana ing Panjenengané.15Sang Kristus séda kanggo manungsakabèh, supaya saben wong sing padhaurip, uripé ora lumadi marang awakédhéwé, nanging lumadia marangPanjenengané kang wis séda lan wiskawungokaké kanggo kepentinganéwong-wong mau.16Mulané saiki kita ora ngukur wongmanut panemuné manungsa. Senajandhèk biyèn kita mawas Sang Kristusmanut panemuné manungsa, nangingsaiki wis ora mengkono.17Sing sapa nunggal karo Sang Kristus,wong mau wis dadi titah anyar, singlawas wis sirna, sing anyar tuwuh.

2 KORINTUS 5.18–6.1 1918Kabèh mau pakaryané Allah lantaranSang Kristus. Gusti Allah wis ngrukunakékita, para mungsuhé, karo Panjenenganépiyambak, kadadèkaké para mitrané.Lan Gusti Allah mau uga maringi ayahanmarang aku kabèh, supaya wong-wongliyané uga kadadèkaké mitrané Allah.19Pawarta sing padha dakwartakakéyakuwi bab enggoné Gusti Allah wisngrukunaké para manungsa karoPanjenengané piyambak lantaranSang Kristus, tanpa ngétang panerakémanungsa. Panjenengané mitayakaképawarta karukunan mau marang akukabèh.20Kuwi sebabé aku padha dadi utusanéSang Kristus, kaya-kaya Gusti Allahpiyambak ngandikani kowé lantaranaku. Atas asmané Sang Kristus kowépadha dakatag-atag: Padha gelemakarukunaké karo Gusti Allah.21Sang Kristus sing tanpa dosa, wisdidadèkaké dosa merga kita, supayasrana nunggal karo Sang Kristus, kitapadha karukunaké karo Gusti Allah.

61Merga saka kuwi sajroné tumindakbebarengan karo Gusti Allah, aku

padha ngatag-atag marang kowé:

2 KORINTUS 6.2–6 20

Supaya sih-rahmaté Allah sing wiskoktampa kuwi, aja kokbuwang muspra.2Sebab Gusti Allah ngandika ana ingKitab Suci mengkéné: "Ing wektu singDakkersakaké, Aku wis miyarsakaképesambatmu, lan ing dinané keslametan,Aku wis mitulungi kowé." Rungokna,saiki iki wektu sing dikersakaké déningGusti Allah, lan saiki dinané keslametan.3Aku padha ngudi supaya aja ana wongsiji waé sing nemokaké keluputanku ingayahan sing daklakoni. Awit aku padhaemoh gawé sandhungané sapa waé.4Malah ing samubarang prekarasing daklakoni, nélakna yèn aku ikipara abdiné Gusti Allah. Sarupaningkasusahanku daklakoni kanthi sabar.5Aku wis padha digebugi, dikunjara,lan dikroyok. Aku wis ngalami nyambut-gawé tanpa ngétung sayah, kurang turu,malah sok ora duwé pangan.6Enggonku nélakaké yèn aku iki padhadadi abdiné Gusti Allah, srana uripsing becik, wicaksana, sabar, sranaulat sumèh, srana gumantung marangpitulungané Sang Roh Suci, sranakatresnan sing tulus,

2 KORINTUS 6.7–12 217 srana martakaké kersané Allah, lansrana pangwaosé, aku padha nélakakéenggonku padha dadi abdiné Gusti Allah.Aku padha migunakaké kayektèn kanggogaman ampuh lan iya kanggo nangkis.8Aku padha ngalami diaji-aji laniya diasoraké. Senajan aku jujur,éwasemono didakwa tukang apus-apus.9Aku padha diarani wong sing orakajuwara, nanging wong akèh padhakenal karo aku. Aku padha dikira mati,nanging kowé weruh dhéwé yèn akupadha urip. Senajan aku padha dianiaya,nanging aku padha ora mati.10Senajan aku padha digawé sedhih,nanging aku padha tansah bungah waé.Katoné aku padha mlarat, nanging akupadha wis marakaké wong akèh dadisugih. Katoné aku padha kaya ora duwéapa-apa, nanging satemené aku padhaduwé apa waé.11Para mitraku ing kutha Korintus! Akuwis padha kandha kanthi blak-blakankaro kowé. Aku wis padha ngetokakésakèhing uneg-uneging atiku.12Menawa ana rasa sing ora kepénaksajroning pesrawunganmu karo aku,kuwi merga salahmu dhéwé.

2 KORINTUS 6.13–17 2213Enggonku padha mituturi kowékuwi merga kowé dakrengkuh kayaanak-anakku dhéwé. Padha nglairnarasaning atimu marang aku, kayaenggonku wis nglairaké rasaning atikumarang kowé!14Aja padha sekuthon karo wong singora precaya, kuwi ora samesthiné, mokalyèn bisa. Kepriyé bisané wong singnindakaké dhawuhé Allah rerukunankaro wong sing nglawan Panjenengané?Pepadhang apa bisa bebarengan karopepeteng?15Sang Kristus apa bisa sarujuk karoIblis? Apa ana prekara sing padhaantarané wong Kristen karo wong singdudu Kristen?16Apa gandhèngé Pedalemané Allahkaro brahala? Mangka kita iki rakPedalemané Allah kang gesang.Panjenengané piyambak wis ngandika:"Aku bakal dedalem bebarengan karowong-wong kuwi, lan tetunggilan karowong-wong mau; Aku bakal dadi Allahé,wong-wong mau bakal padha dadiumat-Ku.17Mulané: Kowé padha sumingkira sakawong-wong sing ora wanuh karo Gusti

2 KORINTUS 6.18–7.3 23

Allah kuwi, lan kowé padha misaha,mengkono pangandikané Pangéran,lan aja padha gepok-sénggol karosamubarang sing najis, nuli kowé bakalpadha Daktampani.18Lan Aku bakal dadi Ramamu, sartakowé bakal padha dadi putra-Ku lananglan wadon. Mengkono pangandikanéPangéran Kang Mahakwasa."

71Sarèhné kita kaparingan janji-janjising mengkono mau déning Gusti

Allah, mulané para sedulurku, ayo kitapadha nucèkaké urip kita saka sakèhingprekara sing gawé jembering badanlan roh kita, srana wedi asih marangGusti Allah lan nglakoni apa sing gawérenaning penggalihé.2Aku padha wènèhana papan anaing atimu. Aku ora tau keluputan karosapa-sapa, ora tau gawé pitunané sapawaé, lan uga ora ngasil-asil marangwong.3Enggonku muni mengkono mau oramerga aku arep nyalahaké kowé. Ora!Aku malah tau muni, yèn tresnakumarang kowé kuwi kaya marang mitrasejati.

2 KORINTUS 7.4–8 244Aku precaya banget karo kowé, laniya kowé sing gawé mongkoging atiku.Senajan aku padha ngalami kasusahanakèh, nanging merga saka kowé atikutansah kebak kabungahan.5Satekaku ing tanah Makédonia, akupadha ora bisa tentrem. Ana ing ngendiwaé, aku padha nemu kasusahan: ingnjaba ngadhepi wong-wong sing ngajakpadu, ing njero ati dhéwé was-was.6Nanging sukur déné Gusti Allah tansahmbombong atiné wong sing semplah,uga wis gawé lejaring atiku, sranatekané Titus.7Ora mung tekané Titus waé singgawé lejaring atiku, nanging apa singdicritakaké déning Titus mungguh ingkowé, yakuwi enggoné rumangsa kalipurmerga kowé kabèh. Titus crita yèn kowépadha kangen, kepéngin ketemu karoaku; kowé padha getun, lan saiki padhakepéngin mbélani aku. Kuwi kabèh sayamuwuhi bungahing atiku.8Senajan layangku wis gawé susahéatimu, éwasemono aku ora gela dénéwis nulis layang mau. Mesthi waé akuiya gela, merga layang mau wis gawé

2 KORINTUS 7.9–12 25

sedhihing atimu, nanging gelaku orasepiraa.9Saiki aku bungah, ora mergaenggonku wis gawé sedhihmu, nangingmerga sedhihmu wis njalari kowépadha mratobat. Sedhihmu wis diagemdéning Gusti Allah. Dadi aku ora gawékapitunanmu.10Awit sedhih sing diagem déning GustiAllah njalari pamratobat, sing nuntunmarang keslametan. Tumrap prekarasing mengkono, kita ora prelu getun!Kosokbaliné, sedhih sing sipat kadonyan,kuwi sing njalari pati.11Delengen saiki, apa sing wiskatindakaké déning Gusti Allah sranasedhihmu mau: Saiki kowé rak dadi sayamempeng temenan ing bab enggonmuarep nélakaké yèn kowé ora salah. Saikikaton enggonmu sengit karo barangsing salah, katon enggonmu wedi,enggonmu ulah katresnan, enggonmusregep, enggonmu gelem ngélikaképenggawé-penggawé sing salah! Kuwimau kabèh wis nélakaké yèn tindakmubener.12Senajan aku wis nulis layang,nanging enggonku nulis mau ora mung

2 KORINTUS 7.13–16 26

merga wong sing padha salah waé,utawa merga wong sing disalahaké,nanging supaya ana ing ngarsané GustiAllah aku bisaa nglairaké marang kowé,sepira gedhéné prihatinmu tumrap ingaku kabèh.13Yakuwi sing dadi panglipuringatiku. Kejaba saka panglipur mau,aku uga bungah, luwih-luwih mergakabungahané Titus, bab enggonmupadha mbombong atiné.14Biyèn kowé dakalem ana ing ngarepéTitus, sukur déné kowé ora nguciwani,lan ora gawé isinku. Aku selawasékandha sing sabeneré marang kowé;mengkono uga apa sing dakkandhakakémarang Titus, adhapur pengalemtumraping kowé, kuwi kabèh ananyatané.15Katresnané Titus marang kowé saikisaya mundhak gedhé, merga ngertienggonmu mbangun-turut marangsakèhing prenatané, lan enggonmupadha nampani tekané klawan wedi langeter.16Aku rumangsa begja banget, dénékowé bisa dakandelaké ing samubarangprekara.

2 KORINTUS 8.1–5 27

81Para sedulur, karepku kowépadha ngertia bab pakaryaning

sih-rahmaté Allah ana ing antaranépasamuwan-pasamuwan ing tanahMakédonia.2Pasamuwan-pasamuwan mau wisngalami pendadaran sing abot banget,srana nandhang kasusahan werna-werna. Senajan miskin, nanging sarèhnérumangsa olèh kabegjan sing gedhé,pasamuwan-pasamuwan mau enggonédedana ora sethithik.3Aku neksèni yèn wong-wong wispadha wèwèh manut kekuwatané, malahluwih saka kuwi, lan enggoné wèwèhmau klawan sukalila. Metu saka karepédhéwé,4enggoné wong-wong mau padhanggujeg marang aku supaya olèhmbiyantu umaté Allah, sing ana ingYudéa.5Kuwi kabèh ora saka karepku!Wiwitané, wong-wong mau padhamasrahaké uripé marang Gusti, nuli sakakersané Allah banjur iya pasrah marangaku kabèh.

2 KORINTUS 8.6–11 286Mulané aku wis ngatag-atag marangTitus, supaya nerusaké ayahané mau,sebab Titus kuwi sing mauné miwiti.7Kowé padha becik banget ing babprecayamu, micaramu, kawruhmu,enggonmu dhemen awèh pitulungan,katresnanmu marang aku. Mulanétansah ngudia nindakaké pegawéankawelasan.8Aku ora netepaké prekara-prekaramau dadi prenatan. Nanging srananuduhaké sepira enggoné wong-wongliyané padha sengkud awèh pambiyantu,aku kepéngin ngerti sepira enggonmungétokaké katresnanmu.9Kowé rak wis padha ngerti babsih-rahmaté Gusti kita Yésus Kristus,sing senajan sugih wis kersa dadi mlaratmerga kowé, supaya srana kemlaratanémau kowé dadi sugih.10Manut panemuku, beciké kowé saikingrampungna, apa sing wis kokwiwititaun kepungkur. Pancèn kowé sing wismiwiti, malah gagasan nglumpukakésumbangan kanggo wong mlarat ikuasalé saka kowé.11Mulané pegawéan kuwi terusnalan rampungna pisan klawan ngetog

2 KORINTUS 8.12–16 29

karosanmu. Padha disengkud enggonmungrampungaké, ora béda karo biyènnalika kowé nyengkud gawé rancangan.12Menawa enggonmu dhemen dedanaklawan éklas, Gusti Allah bakal nampapisungsungmu manut ukuraningkekuwatanmu sing sanyatané, oranganggo wewaton sing ora nyata.13Niyatku ora kokarep ngènthèngakésesanggané wong liya srana muwuhimomotanmu. Nanging sarèhné kowésaiki lagi kaparingan kalubèran, wissamesthiné yèn kowé mbiyantu sedulur-sedulurmu sing padha kekurangan.Mengkono uga saupama kowékekurangan lan sedulur-sedulurmu maupadha kalubèran, wong-wong mau iyabakal awèh pambiyantu marang kowé.Srana mengkono karo-karoné padhaladèn-linadènan.14 (8:13)15Kaya sing katulis ing Kitab Suci:"Wong sing nampa akèh, ora turah lansing nampa sethithik, ora kekurangan."d16Aku padha saos sukur marang GustiAllah, déné Titus padha karo aku kabèh,uga sengkud enggoné mbiyantu kowé.

dMirsani Kel 16:8.

2 KORINTUS 8.17–22 3017Ora mung merga saka penjalukku,nanging pancèn semono gedhéné tékadéolèhé arep mbiyantu, nganti metusaka karepé dhéwé, lunga menyangpanggonanmu.18Kejaba Titus aku uga padhakongkonan sedulur siji menèh singdiéringi banget ana ing pasamuwan-pasamuwan, merga saka pegawéanémartakaké Injil.19Lan ora mung kuwi waé! Wongmau uga kapilih lan ditetepaké déningpasamuwan-pasamuwan, supaya dadikanthiku kabèh, sajroné nglakoniayahanku iki. Aku padha arep nerusaképisumbangmu, supaya Gusti Allah tansahkaluhuraké, lan kowé padha ngerti, yènaku padha seneng tetulung.20Enggonku padha nyekel dhuwitpisungsung kuwi klawan ngati-ati,supaya aja ana wong sing nyalahakéaku.21Karepku, tumindak jujur, ora mungana ing ngarsané Gusti, nanging uga anaing ngarepé manungsa.22Kejaba wong loro mau, aku uga padhakongkonan sedulur siji menèh, singwis kerep daktètèr lan ketitik enggoné

2 KORINTUS 8.23–9.2 31

tansah sregep awèh pambiyantu,lan merga precaya karo kowé, saikisaya gedhé semangaté enggoné arepmbiyantu.23Titus kuwi kancaku tunggalsapegawéan sing ngréwangi aku kanggokowé. Déné sedulur-sedulur liyané singarep mangkat bareng karo Titus, kuwimakili pasamuwan-pasamuwan, supayaasmané Sang Kristus kaluhuraké.24Tuduhna sepira gedhéningkatresnanmu marang sedulur-sedulurmau, supaya pasamuwan-pasamuwankabèh padha sumurup yèn katresnanmukuwi temenan, lan supaya padha ngertiyèn pengalemku marang kowé kuwi ananyatané.

91Satemené aku ora perlu nulisikowé, bab dana sing lagi dikirimaké

marang umaté Allah, sing ana ing tanahYudéa.2Awit aku ngerti yèn kowé padhaseneng tetulung, lan aku wis nglairaképengalemku tumraping kowé marangwong-wong ing Makédonia. Aku kandhakaro wong-wong mau, yèn sedulur-sedulur ing Akhaya wis wiwit taunkepungkur padha awèh pitulungan. Lan

2 KORINTUS 9.3–7 32

kegiatanmu kuwi njalari wong akèh ingkana padha kegugah semangaté.3Titus lan wong loro liyané mau saikidakkon mréné supaya padha weruhyèn enggonku ngalem kowé kuwi oragoroh, mula supaya kowé padha gelemacecawis awèh pambiyantu kaya singdakkandhakaké.4Yèn ora mengkono, saiba isinku,menawa wong-wong Makédonia padhateka bareng karo aku, lan ketemu kowédurung padha cecawis. Sebab aku wiskewetu yèn kowé bisa dakandelaké.Mesthiné, kowé dhéwé rak ya padhamèlu isin!5Mulané sedulur-sedulur maudakkon ndhisiki lakuku, supaya padhanglumpukaké dana sing biyèn wiskokjanjèkaké. Mengko satekaku danamau supaya wis cemawis. Supayaketitika yèn enggonmu dedana klawansukalila, lan ora merga kepeksa.6Padha diéling, wong sing nyebarsethithik, ngundhuhé iya sethithik.Nanging wong sing nyebar akèh,ngundhuhé iya akèh.7Saben wong mènèhana manut rilaningatiné, lan aja karo nggrundel utawa

2 KORINTUS 9.8–11 33

merga kepeksa. Sebab Gusti Allahngasihi wong sing wèwèh kanthi sukalila.8Gusti Allah kwaos maringi kowé luwihakèh ketimbang karo sing kokbutuhaké,supaya kowé dhéwé selawasé padhakecukupan, malah kepara turah, supayakowé bisa dedana, nyokong sarupaningpenggawé sing becik.9Kaya pangandikaning Kitab Suci, singsurasané mengkéné: "Panjenenganémaringi marang wong mlarat klawanloma, kabecikané langgeng ingselawas-lawasé."e10Gusti Allah sing nyawisaké wijikanggo wong sing nyebar lan nyawisaképangan kanggo kita, Panjenengané iyabakal maringi wiji secukupé marangkowé. Panjenengané sing bakal nukulakéwiji mau, sarta nikelaké wohé sakapisungsungmu.11Gusti Allah bakal maringi kasugihansing cukup marang kowé, supayaselawasé kowé bisa dedana kanthiloma. Merga danamu sing kokkirimakélantaran aku mau, bakal akèh wong singpadha saos sukur marang Gusti Allah.

eMirsani Mzm 112:9.

2 KORINTUS 9.12–10.2 3412Kabecikanmu ora mung nyukupikebutuhané para umaté Allah (sing anaing kutha Yérusalèm) waé, nanging ugabakal njalari wong akèh padha saossukur marang Gusti Allah.13Lan awit saka kabecikanmu mau,akèh wong sing bakal padha ngluhurakéasmané Allah merga kasetyanmumarang Injilé Sang Kristus sing padhakokandhemi, mengkono uga mergaenggonmu ngedum-edum apa singkokduwèni marang wong-wong mau, lanwong-wong liyané.14Sedulur-sedulur mau bakalpadha ndongakaké kowé klawankatresnan, merga sih-rahmaté Allah singkaparingaké marang kowé klawan lubèr.15Mulané asmané Allah kaluhurnamerga sih-peparingé sing semonogedhéné.

101Manut kandhané wong, akuPaulus, diunèkaké jirih yèn

adu-arep, waniné yèn adoh. Penjalukkumarang kowé, lambaran kesaénan lansih-rahmaté Sang Kristus,2 samangsa aku teka niliki kowé,kowé aja meksa aku tumindak kerasmarang kowé. Awit aku bisa keras karo

2 KORINTUS 10.3–8 35

wong-wong sing padha ngarani yènpenggawéku nuruti nepsu kadonyan.3Ya bener aku iki padha urip ana ingdonya, nanging penggawéku mau oramanut nepsu kadonyan.4Gegaman sing dakenggo nglawandudu gegaman kadonyan, nanginggegamané Allah, sing ampuh lan bisanggempur bètèng-bètèngé manungsa.Aku padha nyirnakaké pangothak-athikémanungsa sing palsu,5 lan mbongkar témbok-témbokgumunggunging manungsa singngalang-alangi wong arep wanuhkaro Gusti Allah. Aku padha nelukaképikiran-pikirané manungsa, supayamanut marang Sang Kristus.6Samangsa kowé wis mbuktèkakésetyamu, aku bakal ngukum sakèhéwong sing ora setya.7Kowé padha ngertia prekara singsanyatané. Menawa ing antaramu anasing nganggep dadi kagungané SangKristus, mbok ngèlingana yèn aku iki ugakagungané Sang Kristus, padha waé.8Aku ora isin ngegung-egungaképangwasa sing wis diparingaké déningGusti marang aku, awit pangwasa mau

2 KORINTUS 10.9–14 36

kanggo mbangun kowé, ora kanggongrusak kowé.9Aku ora niyat medèn-medèni kowésrana layang-layangku.10Mesthiné ana sing arep muni:"Layang-layangé Paulus kuwi keras lanpedhes, nanging yèn adu-arep karo kita,dhèwèké tanpa daya lan tembungé orateges!"11Bèn wong kuwi mengko ngerti yèntembung-tembung sing daktulis ana inglayang-layangku karo apa sing bakalpadha daktindakaké samangsa akuadu-arep, kuwi ora ana bédané.12Pancèn aku ora wani madhakakéawakku karo wong-wong sing anggepéwis sampurna. Wong-wong kuwi bodhobanget! Padha gawé ukuran manutpanemuné dhéwé, banjur nandhingawaké dhéwé nganggo ukuran mau!13Nanging tumraping aku, enggonkungegung-egungaké ana watesé; wateséyakuwi ayahan sing diparingakédéning Gusti Allah marang aku, klebupegawéanku ana ing antaramu.14Sarèhné kowé klebu ana ing sajroningwates mau, mula dhèk aku nekani kowé

2 KORINTUS 10.15–18 37

martakaké Injilé Sang Kristus, aku oranerak wates.15Lan aku ora padha ngumukaké babpegawéané wong liya sing ana ingsanjabané wates sing wis ditemtokakédéning Gusti Allah kanggo aku. Nangingpengarep-arepku, supaya kaprecayanmusaya mundhak lan aku padha bisanindakaké pegawéan kang luwih gedhémenèh ana ing antaramu, sajroningwates sing wis ditemtokaké déning GustiAllah.16Yèn wis mengkono, aku lagi bisamartakaké Injil ing panggonan-panggonan liya, ora susah nganggongegung-egungaké pegawéan sing wisdilakoni ing laladané wong liya.17Awit Kitab Suci nerangaké: "Sapasing arep ngegung-egungaké, kuwingegung-egungna apa sing wisditindakaké déning Pangéran."f18Sebab wong sing kanggep ana ingngarsané Gusti Allah kuwi dudu wongsing ngalem awaké dhéwé, nangingwong sing dialem déning Gusti Allah.

fMirsanana Yer 9:24.

2 KORINTUS 11.1–7 38

111Rak kena ta, aku sok mbodhoni!2Aku tresna karo kowé kaya

déné Gusti Allah piyambak iya tresnakaro kowé. Kowé kuwi kaya prawan singwis dakpacangaké karo sawijining priya,yakuwi Sang Kristus.3Aku sumelang yèn pikiranmu wis kenaing panggodha lan kowé wis ninggalkatresnanmu sing suci marang SangKristus, padha kaya Ibu Kawa singkagodha, sing digorohi déning si ula.4Awit kowé gelem nampani saben wongsing nekani kowé lan mulangaké babYésus liyané, béda karo Gusti Yésus, singpadha dakwulangaké. Kowé uga gelemnampa roh lan "injil," sing béda karo Rohlan Injil, sing koktampa saka aku!5Manut panemuku, babar-pisan akuora rumangsa kalah karo "rasul-rasul"sing kokanggep pinunjul mau!6Bisa uga aku iki ora micara,nanging kuwi ora ateges yèn aku oraduwé kawruh. Kuwi wis saben-sabendakterangaké marang kowé.7Apa salahku karo kowé merga akutumindak andhap-asor, saking olèhkuarep ngurmati kowé? Apa merga

2 KORINTUS 11.8–12 39

enggonku martakaké Injilé Allah marangkowé tanpa njaluk bayaran?8Nalika aku martakaké Injil anaing antaramu, aku diragadi déningpasamuwan-pasamuwan liya. Presasataku iki meres pasamuwan-pasamuwanmau, supaya bisa mitulungi kowé.9Lan selawasé aku ana ing antaramu,aku ora tau ngrusuhi kowé, ora njalukdhuwit kanggo nyukupi butuhku. Singnyukupi butuhku kabèh kuwi parasedulur sing padha teka saka Makédonia.Biyèn, mengkono uga saterusé aku oraarep gawé susahmu!10Demi kayektèné Sang Kristus singdakandhemi, aku mesthèkaké, yèn oraana wong siji waé ing satanah Akhayasing bisa mbantah sing dadi mongkogingatiku.11Apa sebabé aku muni mengkono?Apa aku ora tresna marang kowé? GustiAllah sing pirsa yèn aku tresna marangkowé!12Apa sing wis daktindakaké, arepdakterusaké supaya "rasul-rasul" liyanéora duwé alesan kanggo gumunggung,kandha-kandha, yèn enggoné nyambut-gawé mau patrapé kaya aku kabèh.

2 KORINTUS 11.13–18 4013Wong-wong kuwi dudu rasul-rasultemenan, nanging rasul-rasul palsu.Wong-wong kuwi padha ngapusi lanréwa-réwa dadi rasulé Sang Kristus singsejati.14Kuwi ora nggumunaké! Iblis iyabisa méndha-méndha dadi malaékatingpepadhang.15Mulané ora anèh menawa batur-baturé Iblis uga méndha-méndhadadi abdining kayektèn. Nanging akiréwong-wong mau bakal nampa paukumansing laras karo penggawéné.16Dakambali sepisan menèh murihcethané: Aja ana wong sing duwépengira yèn aku iki wong bodho. Nangingyèn kowé nganggep aku iki bodho, yawis aku tampanana kaya déné wongbodho, supaya aku bisa gumunggungsethithik.17Lan apa sing arep dakkandhakakésaiki, kuwi ora saka dhawuhé Gusti,nanging tembungku dhéwé, tembungéwong sing bodho.18Kaya wong akèh padha ngegung-egungaké prekara kadonyan, aku ugaarep mèlu-mèlu tumindak mengkono.

2 KORINTUS 11.19–23 4119Sarèhné kowé nganggep kowédhéwé pinter, dadi kowé iya bisa nyabariwong-wong sing bodho!20Kowé wis nyabari saben wong singnindhes kowé, sing meres kowé, wongsing ngerèh kowé; wong sing nginamarang kowé; wong sing napuk pipimu.21Kanthi isin, aku ngakoni, yèn ing babmengkono kuwi aku rumangsa kalahkaro kowé. Senajan mengkono, yènana wong sing wani ngegung-egungakéawaké dhéwé tumraping sawijiningprekara, — kandhaku iki kaya déné ujaréwong bodho — aku iya wani tumindakmengkono.22Apa wong-wong mau wong Ibrani?Aku iya wong Ibrani. Apa wong-wongkuwi wong Israèl? Aku uga wong Israèl!Apa wong-wong mau tedhak-turunéRama Abraham? Aku uga tedhak-turunéRama Abraham!23Apa wong-wong kuwi abdiné SangKristus? Mbokmenawa kowé kayangrungokaké kandhané wong ora waras,nanging aku iki abdi sing luwih sregeptinimbang karo wong-wong kuwi kabèh!Nyambut-gawéku luwih keras. Aku

2 KORINTUS 11.24–28 42

luwih kerep dikunjara; aku luwih kerepdigebugi; aku kerep mèh ngalami mati.24Ping lima aku disiksa déning wongYahudi, manut prenatan Yahudi, yakuwinganggo dipecuti "ping patang puluhkurang siji".25Ping telu aku digebugi wong-wongRum; malah dibenturi watu sepisan. Akungalami kapalku kèrem ana ing segaranganti ping telu, lan sepisan ngalamikompal-kampul ana ing segara ngantipatlikur jam suwéné.26Lakuku kerep diancam déning bebayabanjir, déning bégal, déning wong-wong Yahudi lan déning wong-wongbangsa liyané. Aku iya kerep diancamdéning bebaya ana ing kutha, anaing pesamunan, ana ing segara, lanbebaya-bebaya saka wong-wong singméndha-méndha sedulur.27Aku kerep ngalami rekasa lannyambut-gawé abot; kerep ora mangan,ora ngombé lan ora turu; kaliren,kapiran, ora duwé omah lan kadhemenmerga ora duwé sandhangan.28Tanpa nyebut prekara-prekara liyané,saben dina aku mikiraké bot-répotépasamuwan-pasamuwan kabèh.

2 KORINTUS 11.29–12.2 4329Yèn ana wong sing sèkèng, aku mèlungrasakaké kasèkèngané. Yèn ana singtumiba ing dosa, atiku mèlu remukmerga sedhih.30Saupama aku dikudokakégumunggung, aku bakal ngegung-egungaké prekara-prekara singnuduhaké kaapesanku.31Gusti Allah, Ramané Gusti Yésus,pirsa yèn aku ora goroh. Asmanékaluhurna ing selawasé.32Nalika aku ana ing kutha Damsyik,gubernur ing kono, sing dibawahakédéning Sang Prabu Aretas, préntahmarang tentarané supaya padha njagagapura-gapurané kutha mau, arepnyekel aku.33Nanging aku diudhunaké nganggokranjang saka jendhéla ing témbokékutha mau. Mengkono dadiné aku oncatsaka ing astané gubernur mau.

121Senajan ora ana gunané,nanging aku kepeksa

gumunggung. Saiki aku dakcritabab tetingalan sajroning wahyu singdaktampa saka Gusti.2Aku wanuh karo sawijining wongKristen. Patbelas taun kepungkur wong

2 KORINTUS 12.3–7 44

mau diangkat menyang swarga singdhuwur dhéwé. (Aku ora ngerti kuwi maukelakon temenan, apa mung sawijiningtetingalan, Gusti Allah sing pirsa.)3Dakambali menèh, aku weruh wongmau diangkat menyang ing Firdus,(embuh kuwi mau temenan, apa mungsawijining tetingalan, Gusti Allah singpirsa.)4Ana ing kana wong mau krunguswara-swara sing ora kena diucapakénganggo tembungé manungsa lan orakena dikandhakaké.5Dadi aku kerep ngegung-egungakébab wong kuwi — ora arep ngegung-egungaké bab awakku dhéwé, kejabaing bab prekara-prekara sing nuduhakékaapesanku.6Senajan aku ngegung-egungakéawakku pisan, aku ora bodho, sebab singdakkandhakaké kuwi barang sing nyata.Nanging aku emoh ngegung-egungakéawakku, supaya aja nganti ana wongsing penganggepé ngluwihi apa singdideleng ana ing aku, dadia kelakuanku,dadia tembungku.7Supaya aku aja dadi gumunggungmerga pengalaman sing élok mau,

2 KORINTUS 12.8–12 45

aku diparingi lelara déning Gusti Allahana ing awakku, sing dadi pirantinéIblis kanggo ngantemi aku, lan nyegahsupaya aku aja gumunggung.8Aku wis ndedonga ping telu marangGusti, nyuwun supaya lelara kuwidisingkiraké saka aku.9Nanging Gusti ngandika: "Sih-rahmat-Ku wis cukup kanggo kowé, jalaranpangwasa-Ku dadi luwih cetha samangsakowé rumangsa apes!" Mulané aku luwihngegung-egungaké keapesanku, sebabyèn aku nandhang apes, aku ngrasakaképangwasané Sang Kristus ngayomi aku.10Aku seneng waé ngalami keapesan,dicecamah, kasusahan, panganiaya, lankasusahan liya-liyané, merga AsmanéSang Kristus; awit iya samangsa akusèkèng kuwi, aku malah kuwat.11Kowé wis meksa aku tumindak kayawong sing bodho. Beneré rak kowésing kudu kandha yèn aku sing bener.Senajan aku iki dudu apa-apa, nangingaku ora kalah karo "rasul-rasulmu" singkokanggep pinunjul kuwi.12Titikané yèn aku iki rasul temenan,kuwi wis cetha. Kowé dhéwé wisndeleng pretandha-pretandha, mujijat-

2 KORINTUS 12.13–17 46

mujijat lan lelakon-lelakon singngéram-éramaké.13Apa tau aku ora nggatèkaké kowé yènkatandhing karo enggonku nggatèkaképasamuwan-pasamuwan liyané, kejabamung bab enggonku ora njaluk ragadmarang kowé? Yèn bab iki kokanggepsalah, ya apuranen.14Saiki aku wis cecawis arep niliki kowésing kaping teluné. Aku ora arep njalukragad kowé awit dudu barang-barangmusing dakgolèki, nanging kowé dhéwé.Merga dudu anak-anak sing kuwajibanngragadi wong tuwané, nanging wongtuwa kanggo anak-anaké.15Aku gelem ngragadi kowé nganggosamubarang sing dakduwèni. Malahaku ngetohaké awakku dhéwé kanggombiyantu kowé. Apa katresnanmumarang aku suda, merga katresnankumarang kowé saya mundhak?16Kowé rak ya setuju ta yèn aku oradadi rengganmu. Nanging ana wong singkandha, yèn aku iki julig lan arep ngakalikowé nganggo akal licik.17Nanging kuwi mokal. Apa tau ta akugolèk keuntungan ana ing antaramulumantar wong-wong sing dakkongkon?

2 KORINTUS 12.18–21 4718Aku kongkonan sedulur Titus nilikikowé, dakkanthèni sedulur-sedulurKristen liyané. Apa Titus gawé rugimu?Apa tindaké Titus ora padha karo singdakkarepaké lan nganggo cara singdaktindakaké?19Bisa uga kowé duwé pengira yèn akuiki arep mbeneraké awakku dhéwé anaing ngarepmu. Ora! Demi Gusti Allah,kabèh sing daktindakaké iki manutkersané Sang Kristus, lan pegawéankukabèh kuwi mligi kanggo mbiyantukowé, kanggo mbangun atimu.20Aku sumelang, mbokmenawambésuk samangsa aku tekan enggonmukaananmu tinemu béda karo singdakkarepaké. Mbokmenawa mbésuksatekaku, kowé tinemu padhacecongkrahan, padha kemèrèn, padhabrangasan, padha mikiraké awakmudhéwé, padha mitenah, padha nyaturala, padha gumunggung lan padha gawégègèr.21Aku sumelang, samasa aku mbésukketemu karo kowé, Gusti Allah, singdakbektèni, kuwi bakal ngasoraké akuana ing ngarepmu, lan aku bakal nangisisedulur-sedulur sing ing wektu sing

2 KORINTUS 13.1–4 48

kepungkur wis padha nglakoni dosalan durung padha mratobat saka dosa-dosané mau, yakuwi nerak kasusilan,laku jina lan murang-tata.

131 Iki sing ping teluné enggonkuarep nekani kowé. Ana ayating

Kitab suci sing surasané: "Sabenpandakwa kudu nganggo paseksinéwong loro utawa telu."g2Aku kepéngin ngélingaké menèh parasedulur sing dhèk biyèn padha nglakonidosa lan uga kowé kabèh. Aku dhèkbiyèn ya wis tau ngélingaké kowé, nalikaaku nekani kowé sing ping pindhoné.Saiki senajan aku adoh karo kowé, akuarep ngélingaké sepisan engkas, supayasamasa mbésuk aku teka menèh, akuora bakal ngéman sapa waé.3Kowé bakal olèh sakèhing bukti singkokkarepaké, yèn Sang Kristus nyata wisngandika lantaran aku. Yèn Sang Kristuslelayanan karo kowé Panjenengané orakaya wong sing tanpa daya, nangingbakal ngetingalaké pangwasané ana ingantaramu.4Sebab senajan nalika disédani ingkayu salib Panjenengané nandhang

gMirsanana Ul 17:6.

2 KORINTUS 13.5–10 49

kaapesan, nanging saiki Panjenenganégesang ngagem pangwasané GustiAllah. Ana ing patunggilané Sang Kristusaku uga nandhang kaapesan, nanginging bab urusanku karo kowé, aku ugapadha urip karo Panjenengané nganggopangwasané Gusti Allah.5Titinen awakmu dhéwé, apa kowépadha urip sajroning precaya. Kowémesthi ngerti apa Sang Kristus Yésusana ing kowé apa ora, semono maumenawa precayamu ora luntur.6Aku ngandel, yèn kowé bakal ngertimenawa precayaku padha ora luntur.7Pandongaku marang Gusti Allah,supaya kowé aja padha gawé dosa. Orakoksupaya pegawéanku katon metokakéwoh, nanging supaya kowé padhanindakaké apa sing bener, senajan akukatoné padha gagal.8Awit prekara sing bener ora kena kitalawan, mung kudu kita turut.9Aku padha bungah senajan apes,angger kowé padha rosa. Panyuwunkusupaya kowé padha dadia sampurna.10Yakuwi sebabé aku nulis layang ikisajroné aku isih adoh karo kowé, supayamenawa aku mbésuk teka, aku ora

2 KORINTUS 13.11–14 50

susah tumindak keras, lan nggunakaképangwasa sing kaparingaké marangaku déning Gusti. Pangwasa mau orakanggo ngrusak kowé, nanging kanggombangun.11Wusana, para sedulur, karia slamet!Padha ngudia supaya kowé padhasampurna, lan padha mbangun-turutamarang pituturku. Sing padha nunggalati lan padha rukun, temahan Gusti AllahKang Mahatresna lan dadi sumberingpirukun kuwi bakal nunggil karo kowé.12Padha sesalamana nganggo salampaseduluran.13 (13-12b) Para warganingpasamuwané Allah kabèh padhakirim salam marang kowé.14 (13-13) Sih-rahmaté Gusti YésusKristus, lan sihé Allah tuwin berkahéSang Roh Suci kaparingna marang kowékabèh. Saka aku sekloron, Paulus lanTimotius

Galatia

11Layang saka Paulus, sing katimbalandadi rasul ora déning manungsa

utawa lantaran manungsa, nangingdéning Gusti Yésus Kristus lan AllahSang Rama, sing wis mungokaké GustiYésus Kristus saka ing séda.2Sedulur-sedulur sing bebarengankaro aku uga padha mèlu kirim salammarang pasamuwan-pasamuwan ingtanah Galatia.3Muga-muga kowé padha diparingi sihlan katentreman déning Gusti Allah,Sang Rama kita lan Gusti Yésus Kristus.4Supaya kita padha luwar saka jamansing kebak duraka iki, Sang Kristus wisngurbanaké sarirané piyambak kanggonebus dosa-dosa kita, krana enggonéngèstokaké kersané Gusti Allah, SangRama kita.5Pinujia, Allah kaluhurna ing selawasé!Amin.6Aku gumun ngrasakaké kowé, dénékokgelis temen padha nyingkur GustiAllah, sing wis nimbali kowé merga

GALATIA 1.7–11 2

sih-rahmaté Sang Kristus; sarta kowébanjur padha kèlu marang "injil sing orasaka Gusti Allah".7Satemené "injil liyané" mau oraana. Enggonku kandha ana injil liyanémau, awit ana wong sing padha gawébingungmu lan arep ngowahi Injilé SangKristus.8Senajan aku dhéwé utawa malaékating swarga, yèn ngabaraké injil marangkowé sing béda karo Injil sing wisdakwartakaké, nampaa paukumanéGusti Allah!9Biyèn aku wis kandha, lan saikidakambali: Yèn ana wong ngabaraké injilmarang kowé, sing béda karo Injil singwis padha koktampa saka aku, wongkuwi tampaa paukumané Gusti Allah!10Apa srana mengkono mau akukaya-kaya nuruti karepé manungsa?Ora! Nanging aku manut kersanéGusti Allah. Apa aku golèk pengalemémanungsa? Saupama mengkono akududu abdiné Sang Kristus.11Para sedulur, kowé padhadakkandhani, yèn Injil sing dakwartakakékuwi dudu karangané manungsa.

GALATIA 1.12–17 312Ora daktampa saka manungsa, laniya ora ana wong sing mulang bab Injilmau marang aku. Nanging Gusti YésusKristus piyambak sing ndhawuhaké Injilmau marang aku.13Kowé rak wis padha krungu ta baburipku biyèn. Aku dadi wong Yahudi singtekun nglakoni saraking agama Yahudi.Semono uga kowé wis padha krunguenggonku nguya-uya pasamuwané GustiAllah sakatogé, arep daksirnakaké.14 Ing bab nglakoni saraking agamaYahudi aku luwih maju ketimbang karowong Yahudi liya-liyané. Ing bab netepiadat tata cara sing diwarisaké déningpara leluhur, aku luwih keras tinimbangwong-wong mau.15Nanging krana sihé, Gusti Allah wismilih aku sadurungé aku lair, lan nimbaliaku supaya ngladosi Panjenengané.16Nalika Gusti Allah kersa ngetingalakéKang Putra marang aku, lan supaya akungabaraké Injil bab Sang Putra maumarang bangsa-bangsa sing durungpadha wanuh karo Gusti Allah, aku oranjaluk pamrayogané sapa-sapa.17Aku uga ora banjur lunga menyangkutha Yérusalèm, nemoni wong-wong

GALATIA 1.18–24 4

sing wis padha katimbalan dadi rasulluwih dhisik ketimbang aku. Nangingaku malah banjur lunga menyang tanahArab, lan bali menèh menyang kuthaDamsyik.18Bareng wis telung taun, aku lagimenyang kutha Yérusalèm nemoni Kéfas(Rasul Pétrus) golèk ketrangan, lannginep ana ing omahé Kéfas mau lawasérong minggu.19Aku ora ketemu karo rasul-rasulliyané, kejaba Yakobus, sedhèrèké GustiYésus.20Sing daktulis iki nyata. Aku orangapusi, lan Gusti Allah sing pirsa.21Sawisé kuwi aku banjur menyangdaérah-daérah ing tanah Siria lan tanahKilikia.22Nalika semana para warganingpasamuwan ing tanah Yudéa durungkenal karo aku.23Ngertiné mung saka critané wongliya, yakuwi: "Wong sing biyèn nguya-uya kita, saiki malih nggelar piwulang,sing biyèn arep disirnakaké!"24Mengkono wong-wong mau banjurpadha ngluhuraké asmané Gusti Allahmerga saka aku.

GALATIA 2.1–5 5

21Let patbelas taun aku lagi balimenèh menyang kutha Yérusalèm

karo Barnabas, Titus uga dakjak.2Enggonku lunga menyang Yérusalèmmau, merga aku nampa wangsit sakaGusti Allah, yèn aku kudu mangkatmrana. Sajroning rembugan mligi karopara panuntuné pasamuwan ing kuthaYérusalèm, aku nerangaké isiningInjil sing dakwartakaké marang parawong-wong bangsa liya mau. Karepkusupaya pegawéan sing wis daklakonibiyèn tekan saiki iki aja nganti muspra.3Titus, kancaku nyambut-gawé,senajan dhèwèké kuwi wong Yunani, oradikudokaké tetak.4Senajan ya ana wong sawetara,sing ngakuné wong Kristen lan mèlurembugan ana ing kono, padha kandhayèn Titus kudu ditetaki. Wong-wong maupadha nylamur, awit padha kepénginngerti pengalamanku bab urip merdikaana ing patunggilané Gusti Yésus Kristus.Karepé wong-wong mau supaya akupadha dadi abdining Torèt.5Nanging aku padha ora gelem mundursethithik-thithika, supaya kayektèné Injilmau tetep kokantepi.

GALATIA 2.6–9 66Éwasemono wong-wong sing kétoképadha dadi pemimpin mau ora nambahirembug apa-apa sing wigati. Aku oramentingaké pangkaté wong-wong kuwi,awit Gusti Allah ora mirsani manungsamanut tata lairé.7Malah wong-wong mau padha weruhyèn aku diparingi kuwajiban déning GustiAllah ngabaraké Injil marang wong-wongsing padha durung wanuh karo GustiAllah, ora béda karo kuwajiban singdiparingaké déning Gusti Yésus marangRasul Pétrus, yakuwi ngabaraké Injilmarang wong Yahudi.8Sebab aku didadèkaké rasul déningpangwasané Gusti Allah kanggo wong-wong sing padha durung wanuh karoGusti Allah mau, kaya déné Rasul Pétrusdidadèkaké rasul kanggo wong Yahudi.9Rasul Yakobus, Rasul Pétrus lan RasulYohanes, sing sajaké dadi pemimpin anaing kono, padha ngakoni yèn Gusti Allahpiyambak wis maringaké kuwajiban singmligi mau marang aku. Mulané wong-wong mau padha nyalami Barnabas lanaku. Kaya déné kanca-kanca nunggalpegawéan kita kabèh padha sarujuk,yèn Barnabas lan aku sing ngabaraké

GALATIA 2.10–13 7

Injil ana ing satengahé bangsa-bangsasing durung wanuh karo Gusti Allah,mengkono uga para rasul liyané padhangabaraké Injil ana ing satengahé wongYahudi.10Mung saprekara sing padha dijaluk,yakuwi supaya aku padha ngèlingimarang wong-wong miskin sing ana ingsatengahing pasamuwan-pasamuwaning Yudéa. Lan kuwi pancèn tansahdakudi temenan.11Merga cetha yèn salah, RasulPétrus nalika teka ing kutha Antiokiadakwelèhaké terang-terangan.12Sadurungé wong-wong sing padhadiutus Rasul Yakobus teka, RasulPétrus gelem mangan bebarengankaro sedulur-sedulur Kristen, sing oratetakan. Nanging bareng para utusanéRasul Yakobus padha teka, RasulPétrus banjur mundur lan ora gelemnerusaké mangan bebarengan karosedulur-sedulur sing ora tetakan mau,merga wedi karo wong-wong sing padhanganjuraké supaya wong saka bangsaliya sing padha mratobat kudu ditetaki.13Para sedulur Kristen sing asal Yahudi,merga jirih, padha mèlu-mèlu lamis

GALATIA 2.14–16 8

kaya Rasul Pétrus mau. Malah Barnabasdhéwé uga katut.14Bareng aku weruh yèn tumindakéRasul Pétrus lan sedulur-sedulur liyanémau nyimpang saka garis sing bener,sing kawulangaké déning Injil, akubanjur kandha karo Rasul Pétrus ingngarepé wong akèh mau, "Panjenenganpiyambak menika tiyang Yahudi, ingkangsampun mboten nganut tata gesangipuntiyang Yahudi. Lah kokpanjenenganbadhé meksa tiyang sanès Yahudisupados gesang kados tiyang Yahudi?"15Pancèn, kita menika lair dados tiyangYahudi, dédé bangsa sanèsipun ingkangsinebut "sanès Yahudi tiyang ingkangdosa".16Nanging kita inggih mangertos bilihanggènipun tiyang karukunaken kaliyanGusti Allah menika namung landhesanpitados dhateng Gusti Yésus Kristus,mboten landhesan Torèt. Kita mekatenugi; enggèn kita pitados dhateng GustiYésus Kristus menika supados kitakarukunaken kaliyan Gusti Allah lantaranpitados kita wau, lan mboten landhesanenggèn kita netepi Angger-anggeringTorèt. Sebab mboten wonten tiyang

GALATIA 2.17–20 9

ingkang karukunaken kaliyan GustiAllah landhesan enggènipun netepiAngger-anggering Torèt.17Menawi kita (tiyang Yahudi)karukunaken kaliyan Gusti Allahlandhesan patunggilan kita kaliyan SangKristus, dados cetha bilih kita menikainggih tiyang dosa, sami kaliyan tiyangkapir. Menawi mekaten, menapa SangKristus menika dados budhaking dosa?Babar-pisan mboten!18Menawi keyakinan ingkang sewausampun kula bungkar, lajeng wiwit kulabangun malih, menika kula tetep lepat.19Nanging miturut Torèt, kula sampunpejah — dipun pejahi déning Torèt —supados kula saged gesang kagem GustiAllah, kula sampun ndhèrèk pejah dipunsalib kaliyan Sang Kristus.20Temah ingkang gesang menikasampun sanès kula malih, nanging SangKristus ingkang wonten ing kula. Gesangkula ingkang samangké menika mbotensanès namung krana kula pitadosdhateng Putranipun Allah ingkangngasihi kula, lan ingkang sampunngurbanaken sugengipun kanggé kula.

GALATIA 2.21–3.5 1021Kula mboten badhé ngrèmèhakensih-rahmatipun Gusti Allah. Menawitiyang saged karukunaken kaliyan GustiAllah lantaran Angger-anggering Torèt,menika ateges bilih sédanipun SangKristus tanpa gina!

31Hé, wong-wong ing tanah Galatia,bodhomu koknemen! Sapa ta sing

nasaraké kowé? Bab sédané Sang Kristusing kayu salib kuwi wis dakterangakésakatogé marang kowé!2Coba wangsulana pitakonan iki: Apaenggonmu nampani Rohé Gusti Allahkuwi merga saka enggonmu netepiAngger-anggering Torèt, apa merga sakaenggonmu ngrungokaké lan precayamarang Injil?3Bodhomu kokkebangeten temen!Kowé wis miwiti uripmu sing anyarsrana Rohé Gusti Allah, apa kowé saikiarep mungkasi uripmu sing anyar maunganggo kekuwatanmu dhéwé?4Apa sing koklakoni seprana-seprénékuwi muspra, ora ana gunané babar-pisan?5Apa enggoné Gusti Allah maringakéSang Roh Suci lan gawé mujijatpirang-pirang ana ing satengahmu

GALATIA 3.6–10 11

kuwi merga saka enggonmu netepiAngger-anggering Torèt, apa merga sakaenggonmu ngrungokaké lan precayamarang Injil?6Kaya sing katulis ing KitabSuci tumraping Rama Abraham:"Panjenengané precaya marang GustiAllah, lan precayané mau kaanggepdéning Gusti Allah dadi penggawénéAbraham enggoné nglakoni kersanéGusti Allah."7Menawa mengkono kowé banjurngerti, yèn sing dianggep turunéAbraham sing sejati kuwi wong singprecaya.8Kitab Suci wis nyebutaké yèn GustiAllah bakal ngrukunaké wong kapir karosarirané piyambak landhesan precaya.Mulané Kitab Suci wis luwih dhisikmartakaké kabar kabungahan marangRama Abraham, surasané mengkéné:"Merga kowé, sakèhing bangsa ing bumibakal diberkahi déning Pangéran."9Rama Abraham precaya, landiberkahi; semono uga wong precayapadha diberkahi kaya Rama Abraham.10Kabèh wong sing ngendelakéAngger-anggering Torèt, kuwi uripé

GALATIA 3.11–14 12

dikwasani déning laknat, sebab anatulisan mengkéné: "Kenaa ing laknatwong sing ora nglakoni samubarang singkatulis ana ing Angger-anggering Torètklawan setya."11Lan ya wis cetha yèn ora ana wongsing karukunaké karo Gusti Allah mergaenggoné netepi Angger-anggering Torèt,sebab Kitab Suci mratélakaké: "Wongsing kaanggep bener utawa karukunakékaro Gusti Allah kuwi bakal urip mergasaka enggoné precaya."12Angger-anggeré Torèt kuwi dhasarédudu iman; kaya sing katulis ing KitabSuci: "Sapa sing nglakoni kaya surasanéangger-angger, kuwi bakal urip déningangger-angger mau."13Nanging Sang Kristus wis nebus kitasaka laknaté Angger-anggering Torètsrana nyanggi laknat sing satemené kudukita sangga, kaya sing dingandikakakédéning Kitab Suci: "Kenaa ing laknatsaben wong sing kapenthang ana ingkayu salib."14Enggoné Sang Kristus nindakakémengkono mau supaya berkahé GustiAllah kaparingaké marang wong kapirlumantar Gusti Yésus Kristus lan supaya

GALATIA 3.15–18 13

merga precaya, kita padha bisa nampaniSang Roh Suci, sing kajanjèkaké déningGusti Allah.15Para sedulur! Aku arep nggunakakéconto sing gampang. Yèn ana wong loropadha rujuk tumrap sawijining prekara,banjur nandhatangani prejanjian, oraana pihak sing kena mbatalaké utawanambahi apa-apa.16Gusti Allah wis gawé prejanjiankaro Abraham "lan karo turunmu".Kitab Suci ora nerangaké: "lan karoturun-turunmu," yakuwi wong akèh.Nanging Kitab Suci nerangaké "lan karoturunmu," ateges mung karo wong siji,yakuwi Sang Kristus.17Sing dakkarepaké mengkéné: GustiAllah prejanji lan janji bakal netepiprejanjiané mau. Angger-anggeringTorèt, sing tekané lagi patang atustelung puluh taun sawisé prejanjianmau kaabsahaké, ora bisa ngilangaképrejanjiané Gusti Allah lan mbatalakéjanjiné Gusti Allah.18Awit saupama peparingé Gusti Allahkuwi gumantung karo Angger-anggeringTorèt, peparing mau rak banjur orakadhasaraké ing janjiné. Nanging

GALATIA 3.19–22 14

sarèhné Gusti Allah wis janji, mulaPanjenengané iya ngleksanani janji maumarang Rama Abraham.19Yèn mengkono maksudé Angger-anggering Torèt kuwi apa? Torètkuwi kaparingaké supaya nuduhaképanerak-panerak kita. Torèt kuwi gunanémung tekan sarawuhé turuné Abraham,sing kasebut ana ing prejanjian, yakuwising wenang nampani janji mau. Torètmau diparingaké lumantar malaékat-malaékat marang Nabi Musa, sing dadipantara.20Nanging janji mau diparingaké déningGusti Allah ora ngagem pantara, awitpakaryané mau disarirani piyambak.21Apa kuwi ateges yèn Angger-anggering Torèt mau sulaya karoprejanjiané Gusti Allah? Babar-pisan ora!Sebab saupama Angger-anggering Torètsing diparingaké kuwi bisa njalari uripémanungsa, manungsa rak banjur bisakarukunaké karo Gusti Allah lantaranAngger-anggering Torèt.22Nanging Kitab Suci nerangaké yènmanungsa sajagad iki wis kawengkudéning pangwasané dosa, supayaprejanjian sing wewaton precaya marang

GALATIA 3.23–28 15

Gusti Yésus Kristus diparingaké marangwong-wong sing precaya.23Sadurungé wong precaya karo GustiYésus, kita padha dikurung déningAngger-anggering Torèt kaya wongtahanan.24Dadi Angger-anggering Torèt kuwitugasé ngwasani kita, nganti sarawuhéSang Kristus, supaya kita karukunakékaro Gusti Allah merga saka precaya kitamau.25Saiki, bareng wong-wong padhaprecaya karo Sang Kristus, Angger-anggering Torèt wis ora ana paédahétumrap kita.26Sebab merga aku precaya kowépadha dadi putrané Allah, yakuwi mergasaka enggonmu tetunggilan karo GustiYésus Kristus.27Kowé kabèh wis padha kabaptis,dikumpulaké ana ing patunggilan mau,lan srana mengkono kowé ngrasuksipat-sipaté Sang Kristus piyambak.28Dadi saiki wis ora ana bédanéantarané wong Yahudi lan wong kapir,antarané batur-tukon lan wong merdika,antarané wong lanang lan wong wadon;

GALATIA 3.29–4.5 16

ana ing patunggilané Sang Kristus kabèhdadi siji.29Menawa kowé dadi kagungané SangKristus, kowé uga dadi turuné RamaAbraham, lan wenang nampani apa singdijanjèkaké déning Gusti Allah marangRama Abraham mau.

41Nanging prelu dakterangakémengkéné: Sajroné ahli waris kuwi

isih bocah, ora ana bédané karo batur-tukon, senajan sejatiné ahli waris kuwising nduwèni sakèhing barang-barangmau kabèh.2Sajroné dhèwèké isih bocah, ana wongsing dipasrahi ngrumati bocah mau lanngurusi apa-apané, nganti tekan wektusing wis ditetepaké déning bapakné.3Mengkono uga kita iki: Sadurungé kitadiwasa cara rohani, kita iya dadi baturéroh-roh sing ngwasani jagad raya iki.4Nanging bareng wis tekantitimangsané, Gusti Allah banjurngutus Kang Putra. Rawuhé kaya bayising lair saka wong wadon, lan kawengkudéning Angger-anggering Torèté wongYahudi.5Prelu nebus sakèhing wong singkawengku déning Angger-anggering

GALATIA 4.6–10 17

Torèt mau, supaya kita bisa dadi putranéGusti Allah.6Merga kowé kuwi para putrané, GustiAllah ngutus Rohé Putrané ana ingatimu, nganti bisa matur: "Aba, Ramakawula."7Dadiné kowé kuwi wis dudu batur-tukon menèh, nanging Putra. Lansarèhné kowé kuwi putrané Gusti Allah,kowé uga bakal kaparingan samubarangkabèh sing dadi wewenangé paraputrané Gusti Allah.8Dhèk biyèn kowé padha ora wanuhkaro Gusti Allah; mulané kowé padhadadi batur-tukoné brahala-brahala.9Nanging bareng saiki kowé wis wanuhkaro Gusti Allah — utawa sing luwihcocog: Sawisé Gusti Allah wanuh karokowé — kepriyé déné kokpadha arepmbalèni ngawula marang brahala-brahala menèh, yakuwi roh-roh apes lannistha, sing gawé cilaka? Yagéné kowékokgelem dadi batur-tukoné menèh?10Kowé padha nganggep yèn ana dina-dina, mangsa-mangsa lan taun-taunsing becik lan sing koksirik.

GALATIA 4.11–16 1811Aku prihatin ing ngatasé kowé!Mengko gèk apa sing wis daklakonikanggo kowé kuwi muspra?12Penjalukku marang kowé, parasedulur, padha nirua aku. Awit aku rakiya padha waé karo kowé. Kowé ora taugawé keluputan karo aku.13Kowé rak padha kèlingan apa sebabéaku martakaké Injil marang kowé singkapisan. Sebabé merga aku lagi lara.14Éwasemono nalika semana kowépadha ora ngrèmèhaké aku utawanampik aku. Lelaraku mau satemenédadi pendadaran gedhé tumrapingkowé. Aku malah koktampani kayadéné malaékaté Gusti Allah, malah kayaenggonmu padha nampani Gusti Yésuspiyambak.15Kowé padha rumangsa begja! Apasebabé koksaiki kowé malih? Aku bisaneksèni gedhéning katresnanmu marangaku, paribasané kowé ora ngémanmripatmu dhéwé, yèn prelu kacuplékkokwènèhaké aku.16Apa merga kandha ing sanyatanékuwi aku banjur kokanggep dadisatrumu?

GALATIA 4.17–21 1917Wong-wong liyané padha nggatèkakébanget marang kaananku. Nangingpenggawéné sing mengkono maumerga ana pamrihé. Sing padha diarahyakuwi supaya kowé pisah karo aku,satemah kowé iya nggatèkaké marangwong-wong mau, padha kaya enggonéwong-wong mau nggatèkaké marangkowé.18Upama karepé becik, pancèn apikbanget déné kokana wong sing tansahnggatèkaké kowé, dadi ora mung yènaku ana ing satengahmu waé.19Anak-anakku sing daktresnani! Mergasaka kowé aku nglarani menèh, kayawong sing arep nglairaké anak. Kapansipat-sipaté Sang Kristus bakal tinemuana ing kowé?20 Ing wektu iki kaya apa enggonkukepéngin ana ing tengah-tengahmu,supaya aku bisa ngowahi sikapkumarang kowé. Aku prihatin bangetngrasakaké kaananmu!21Aku arep takon marang wong-wongsing padha kepéngin urip kawengkudéning Angger-anggering Torèt: Apakowé padha ora krungu apa singdikandhakaké déning Torèt?

GALATIA 4.22–27 2022 Ing Kitab Torèt ditulis yèn RamaAbraham kagungan putra loro, siji sakawong wadon batur-tukon, sijiné sakawong wadon merdika.23Putra sing saka wong wadon batur-tukon mau lairé lumrah, yakuwi manuttata kamanungsan, nanging putra singsaka wong wadon merdika, lairé mergaprasetyané Gusti Allah.24 Iki kena dianggep sawijiningprelambang: Wong wadon loro maumrelambangi prejanjian rong rupa. Singsiji Ibu Hagar, yakuwi sing tekané sakaGunung Sinai, sing anak-anaké kalairakédadi batur-tukon.25 Ibu Hagar ngibarataké Gunung Sinai,ing tanah Arab, prelambangé kuthaYérusalèm dalasan penduduké kabèh,sing saiki padha dadi batur-tukon.26Nanging kutha Yérusalèm kaswargankuwi merdika, mrelambangi ibu kita.27Sebab Kitab Suci nerangakémengkéné, "Bungah-bungaha kowéwong gabug, sing ora tau nglairaké!Bungah-bungaha lan surak-suraka, kowéwong sing ora tau nglarani! Sebab wongwadon sing ditinggal bojoné bakal duwé

GALATIA 4.28–5.2 21

anak luwih akèh, tinimbang sing uripbebarengan karo bojoné."28Para sedulur, kita iki padha dadiputrané Gusti Allah wewaton prasetya,kaya Rama Iskak.29 Ing nalika semono anak singkalairaké manut tata kamanungsan maunguya-uya marang putra sing kalairakémerga Rohé Gusti Allah. Mengkono ugasaiki.30Nanging apa sing diterangaké déningKitab Suci? "Batur-tukon saanaké kuwitundhungen, sebab anaké batur wadonora bakal mèlu kepanduman warisansing kanggo anaké wong wadon singmerdika."31Mangka, para sedulur, kita iki duduanaké batur wadon mau, nanging padhadadi anaké wong wadon sing merdika.

51Saiki kita padha merdika. SangKristus wis merdikakaké kita. Mulané

adegmu dikaya wong merdika, aja gelemdadi batur-tukon menèh.2Padha rungokna. Aku, Paulus,ngandhani kowé: yèn kowé gelemditetaki, kuwi ateges Sang Kristus oraana gunané kanggo kowé.

GALATIA 5.3–10 223Sepisan menèh kowé dakkandhani,wong sing gelem ditetaki, kuwi wajibnetepi Angger-anggeré Torèt kabèh.4Menawa kowé ngudi katunggilakékaro Gusti Allah srana netepi Angger-anggeré Torèt, kowé malah uwal sakaSang Kristus. Dadiné kowé padha orangrasakaké sih-rahmaté Gusti Allah.5Mungguh aku, aku padha ngarep-arepsupaya srana pangwasané Sang RohSuci, sing makarya ana ing sajroningpengandelku aku padha karukunakékaro Panjenengané.6Awit menawa kita ana ing patunggilanéSang Kristus Yésus, tetak apa ora tetakkuwi ora penting. Sing prelu: Precayamarang Sang Kristus lan ketitiké precayamau ana ing bab olah katresnan.7Biyèn uripmu wis becik. Sapa singnjalari kowé saiki ora manut kersanéGusti Allah?8Mesthi dudu Gusti Allah, sing wisnimbali kowé.9Ana unèn-unèn: "Ragi sethithik bisamrasuk ing jladrèn kabèh."10Éwasemono aku isih tetep precayakaro kowé. Patunggilan kita karo Gustinjalari aku yakin, yèn pengandelmu

GALATIA 5.11–16 23

isih panggah. Sapa waé sing gawébingungmu, kuwi bakal kaukum déningGusti Allah.11Tumraping aku, para sedulur,saupama aku isih mulangaké, yèn tetakkuwi prelu, mesthi aku ora bakal dikuya-kuya. Yèn nyata mengkono, enggonkumartakaké bab salibé Sang Kristusmesthiné ora bakal dadi sandhungan.12Mbok wong-wong sing padha gawébingungmu kuwi aluwung padha metuwaé saka pasamuwan, lan padha ngebiriawaké dhéwé pisan!13Nanging kowé, para sedulur, kowéwis padha katimbalan supaya dadi wongmerdika. Nanging kamerdikan mauaja kokenggo alesan ngumbar hawa-nepsumu. Malah padha tulung-tinulungasrana katresnan.14Awit Angger-anggering Torèt kuwiwis kecakup ana ing dhawuh siji iki:"Tresnaa marang sapepadhamu, dikayamarang awakmu dhéwé."15Nanging yèn kowé padha kerah kayakéwan, diéling, mesthi bakal tumpeskabèh.16Sing dakkarepaké kuwi mengkéné:Uripmu padha katuntuna déning

GALATIA 5.17–22 24

Sang Roh Suci lan aja padha nurutihawa-nepsuning daging.17Awit kareping daging kuwi sulayakaro kersané Sang Roh Suci, lankersané Sang Roh Suci kuwi cengkahkaro kareping daging. Sekaroné maupadha memungsuhan; mulané kowé ajatumindak manut karepmu dhéwé.18Menawa kowé dituntun déning SangRoh Suci, kowé ora kawengku déningAngger-anggering Torèt.19Penggawé sing jalaran saka karepingdaging kuwi cetha, yaiku: laku jina,kotor, murang-tata;20nyembah brahala, ilmu sihir,memungsuhan, seneng padu, mèri,brangasan, gumunggung, seneng gawécrah, lan tukar padu.21Padha sengit-sinengitan,endem-endeman, jibar-jibur, lansapanunggalané. Tumrap kuwi maukabèh, kowé dakélingaké, kayaenggonku wis tau ngélingaké kowébiyèn. Wong-wong sing uripé kayamengkono ora bakal ditampa ana ingKratoné Allah.22Déné wohé panuntuning Sang RohSuci yakuwi: Katresnan, kabungahan,

GALATIA 5.23–6.2 25

katentreman, sabar, sarèh, sumlondhoh,kabecikan, setya,23andhap-asor, ngwasani awaké dhéwé.Ora ana angger-angger sing nglawanprekara-prekara sing mengkono mau.24Lan sapa sing dadi kagungané GustiYésus Kristus, kuwi wis matèni sipatkedagingané dalah hawa-nepsu lanpepénginané pisan.25Rohé Gusti Allah wis maringiurip anyar marang kita, mulané iyaPanjenengané sing kudu ngwaosi uripkita.26Kita aja banjur dadi gumunggung,genti gawé seriking atiné wong liya,utawa kemèrèn.

61Para sedulurku, yèn ana wong singkonangan nglakoni keluputan, kowé

sing katuntun déning Sang Roh Sucikudu nuntun wong mau supaya balingambah dalan sing bener, kanthi patrapsing sarèh. Jaganen awakmu dhéwé,supaya aja nganti kowé dhéwé uga kenaing panggodha.2Padha ngréwangana nyanggamomotané padha sedulur. Srana patrapmengkono kowé netepi angger-anggeréSang Kristus.

GALATIA 6.3–9 263Yèn ana sing nganggep awaké dhéwépenting, mangka satemené ora, wongkuwi ngapusi awaké dhéwé.4Saben wong mawasa kelakuanédhéwé. Yèn kelakuané becik, wongmau bisa mongkog tumrap apa singwis ditindakaké, nanging aja nandhing-nandhingaké tumindaké mau karopenggawéné wong liya.5Awit saben wong kudu nyanggamomotané dhéwé-dhéwé.6Wong sing nampa piwulang babpangandikané Gusti Allah, kudu maleskabecikan marang wong sing awèhpiwulang mau.7Aja ngapusi awakmu dhéwé. GustiAllah ora kena digawé geguyon. Sabenwong bakal ngundhuh apa sing disebar.8Yèn sing disebar hawa-nepsuningdaging, sing bakal diundhuh pati;nanging yèn sing disebar manutpanuntuning Sang Roh Suci, bakalngundhuh urip langgeng.9Mulané kita aja padha bosennindakaké kabecikan, sebab yèn kita orakendho, bakal ana mangsané kita padhangundhuh asilé.

GALATIA 6.10–14 2710Mulané saben ana wewengan,ayo kita padha gawé becik marangwong kabèh, luwih-luwih marangsedulur-sedulur kita tunggal precaya.11Coba setitèkna, layangku iki daktulisnganggo tanganku dhéwé.12Wong-wong sing arep ngegung-egungaké awaké dhéwé, lan ngumukaképrekara-prekara tata lair, kuwi wong-wong sing arep meksa netaki kowé.Enggoné tumindak mengkono mau mungsupaya ora dikuya-kuya wong Yahudikrana salibé Sang Kristus.13Senajan padha nglakoni tetak,éwasemono wong-wong mau padha oranetepi Angger-anggering Torèt. Karepéarep netaki kowé kuwi mung supayawong-wong mau bisa ngumukaké,yèn kowé uga ngugemi tata-cara singditetepaké déning Angger-anggeringTorèt.14Nanging tumraping aku, aku mungarep ngegung-egungaké Gusti Yésussing séda kasalib. Merga saka salibéGusti Yésus mau, jagad wis ora anategesé kanggoné aku, semono uga akuya wis ora ana tegesé kanggoné jagad.

GALATIA 6.15–18 2815Tetakan apa ora tetakan kuwi orapenting babar-pisan. Sing prelu yakuwienggon kita dadi titah anyar.16Lan wong kabèh sing uripémanut aturan iki, padha kaparinganakatentreman lan sih-rahmat, semonouga umat kagungané Gusti Allah kabèh!17Wusana, aja ana wong sing gawésusahku menèh, sebab tilasing tatu-tatuing awakku mbuktèkaké yèn aku ikiabdiné Sang Kristus.18Sih-rahmaté Gusti Yésus Kristuskaparingna marang kowé kabèh! Amin.Saka aku, Paulus

Efesus

11Layang saka aku, Paulus, singditimbali déning Gusti Allah dadi

rasulé Sang Kristus Yésus — tumekaamarang umaté Allah, wong-wong Kristensing setya, sing ana ing kutha Éfesus.2Gusti Allah Rama kita lan GustiYésus Kristus maringana sih-rahmat lankatentreman marang kowé.3Pinujia Gusti Allah sing jumenengdadi Ramané Gusti kita Yésus Kristus!Awit ana ing patunggilané Sang KristusPanjenengané wis mberkahi kita sranasakèhing ganjaran kasukman saka ingswarga.4Sadurungé jagad katitahaké, lumantarSang Kristus, Gusti Allah wis milih kitadadi umat kagungané, supaya kitapadha dadi suci lan tanpa cacad ana ingngarsané. Merga saka tresnané,5Gusti Allah wis ngangkat kita dadi paraputrané, lantaran Gusti Yésus Kristus.Kuwi wis dadi kersané lan gawé renaningpenggalihé.

EFESUS 1.6–11 26Pinujia Asmané Allah, merga sih-rahmaté sing semono luhuré, lan mergakanugrahan sing kaparingaké marangkita lantaran Kang Putra kinasih.7Srana sédané Sang Kristus kita wisdimerdikakaké; kuwi tegesé dosa kitawis kaapura.8 Iba gedhéné sih-rahmaté Allah, singkaparingaké marang kita kanthi lubèr,lan tumindaké manut pangertèn lankawicaksanané.9Panjenengané mbukak kekeraningrancangané marang kita, kaya singwis ditemtokaké déning Panjenenganépiyambak, yèn kebabaré mau lantaranSang Kristus.10Satekaning wektuné rancangan maukelakon, sakèhing tumitah sing ana ingswarga lan ing bumi didadèkaké siji, lanSang Kristus jumeneng dadi sesirahé.11Samubarang katitahaké manutrancangan lan putusané Gusti Allah.Panjenengané milih kita dadi umatkagungané ana ing patunggilané SangKristus, manut ing sakersané. Kuwi wiskatetepaké wiwit-wiwitan mula.

EFESUS 1.12–16 312Mulané kita sing precaya dhisikdhéwé marang Sang Kristus padhangluhurna kamulyané Gusti Allah!13Mengkono uga kowé. Nalika kowépadha krungu pawarta sing sanyatané,yakuwi bab Injiling keslametan, kowépadha precaya marang Sang Kristus.Gusti Allah banjur maringaké cap anaing kowé sing mretandhani yèn kowékuwi dadi kagungané, yakuwi sranamaringaké Sang Roh Suci marang kowé,cocog karo janjiné.14Sang Roh Suci kuwi diparingakéminangka jaminan yèn kita bakalnampani apa sing diprasetyakaké déningGusti Allah marang umaté, sarta iya daditanggelan, yèn Gusti Allah bakal maringikamerdikan sing sampurna marang paraumat kagungané; mula pinujia GustiAllah krana saka kamulyané.15Mulané, wiwit aku krungu babprecayamu marang Gusti Yésus lan babkatresnanmu karo umaté Gusti Allahkabèh,16ora kendhat enggonku saos sukurmarang Gusti Allah. Saben ndedonga,aku tansah ngèlingi kowé.

EFESUS 1.17–21 417Lan nyuwun marang Allahé Gustikita Yésus Kristus, Sang Rama kangmahamulya, kersaa maringaké Sang RohSuci marang kowé. Sang Roh Suci maumaringana kawicaksanan lan medharnakersané Gusti Allah marang kowé,supaya kowé wanuh karo Panjenengané.18Sing daksuwun supaya Sang RohSuci mbukak pikiranmu, lan kowépadha kapadhangan, satemah weruhapa sing kacadhangaké déning GustiAllah, sing wis kepareng nimbali kowé.Mengkono uga supaya kowé padhaweruh sepira gedhéné berkah-berkahsing diprasetyakaké déning Gusti Allahmarang kowé,19 sarta sepira gedhéné pangwasanésing makarya ana ing kita, sing padhaprecaya. Pangwasa mau gedhé banget,20 iya sing diagem mungokaké SangKristus saka ing séda, lan nglenggahakéPanjenengané ana ing dhamparingkaswargan.21Ana ing kono Sang Kristus ngerèhsakèhé pamaréntah sing ana ing langit,para penggedhé, para pangwasa lan paraluhur. Pangwasané ngungkuli sakèhé

EFESUS 1.22–2.3 5

pangwasa, dadia ing jaman saiki, dadiaing jaman sing bakal kelakon.22Samubarang ana ing sangisoringsamparanéa Sang Kristus lanPanjenengané kajumenengakédadi Sesirahé samubarang sing ana ingpasamuwan.23Pasamuwan kuwi sarirané SangKristus. Srana pasamuwan mauPanjenengané dadi sampurna;awit Panjenengané piyambak singnyampurnakaké samubarang kabèh singana ing jagad iki.

21Cara karohanèn, kowé biyèn wispadha mati merga enggonmu ora

mbangun-turut marang Gusti Allah lanmerga dosa-dosamu.2Nalika semana kowé padha manutkaananing donya sing ala. Kowé padhambangun-turut marang pangwasanéroh-roh sing ana ing langit, yakuwiroh-roh sing saiki mengku wong-wongsing padha mbangkang marang GustiAllah.3Satemené kita kabèh iki biyèn iya kayawong-wong mau. Kita padha urip nurutihawa-nepsu kita dhéwé, lan nindakaké

asamparan: tlapakan: dlamakan.

EFESUS 2.4–8 6

apa waé, sing dadi pepénginané badanlan pikiran kita. Biyèn urip kita padhawaé karo wong-wong liyané, nganti kitaiya ketaman bebenduné Gusti Allah.4Nanging merga saka lubèring piwelaséGusti Allah, lan sih-kadarmané singgedhé banget,5Panjenengané kersa nangèkakékita saka ing pati bareng karo SangKristus, senajan nalika semana kita carakarohanèn wis mati merga panerak kita.Merga saka sih-rahmaté Gusti Allah,kowé padha kaparingan keslametan.6Ana ing patunggilané Sang KristusYésus, Gusti Allah wis nangèkaké kitabareng karo Sang Kristus, supaya kitabebarengan karo Panjenengané ngratoniswarga.7Mengkono enggoné Gusti Allahnélakaké gedhéning sih-rahmaté lankatresnané sing diparingaké marangkita lantaran Sang Kristus Yésus ingselawasé.8Sebab enggonmu diparingi keslametankuwi merga sih-rahmaté Gusti Allah,lantaran enggonmu precaya marangGusti Yésus. Keslametan kuwi dudu

EFESUS 2.9–13 7

wohing pambudidayamu, nangingpeparingé Gusti Allah.9Mulané ora ana sing kena kokenggoalesan gumunggung, sebab kabèh kuwidudu wohing penggawému dhéwé.10Kita iki padha titahé Gusti Allah,kang nitahaké kita ana ing patunggilanéSang Kristus Yésus, supaya kita padhanglakoni penggawé becik, sing wiskacadhangaké kanggo kita.11Nalika semana kowé durung dadiwong precaya, lan déning wong Yahudidisebut "wong ikutan". Déné wongYahudi dhéwé nyebut awaké dhéwé"wong tetakan" (yakuwi tetak tata lairsrana tanganing manungsa). Kowépadha élinga marang kaananmu dhèkbiyèn.12Nalika semana kowé padha pisahkaro Sang Kristus. Kowé biyèn wong-wong manca, lan ora klebu umat pilihanéGusti Allah. Kowé padha ora klebuana ing prejanjian-prejanjiané GustiAllah marang umaté. Nalika semanakowé padha urip ing donya iki tanpapengarep-arep lan tanpa Allah.13Nanging ana ing patunggilané SangKristus Yésus, kowé sing biyèn adoh,

EFESUS 2.14–17 8

saiki wis dicedhakaké déning sédanéSang Kristus.14Sebab Sang Kristus piyambakkang ngrukunaké kita. Panjenenganényatunggilaké wong Yahudi lan duduYahudi dadi umat siji. Srana sariranépiyambak Sang Kristus wis ngrubuhakétémbok singgetan, sing misahakéwong Yahudi lan dudu Yahudi mau,lan sing njalari wong-wong mau padhamemungsuhan.15Panjenengané wis mbatalakéTorèté wong Yahudi, semono ugaangger-angger lan prenatan-prenatané,supaya bangsa loro mau kabangundadi umat anyar siji, sing tetunggilankaro Sang Kristus. Mengkono enggonéPanjenengané paring katentreman.16Lantaran sédané ing kayu salibSang Kristus wis nyirnakaké sesatronéwong-wong mau. Srana salib mauPanjenengané nunggilaké bangsa karo-karoné dadi bangsa siji, karukunakékaro Gusti Allah.17Dadiné Sang Kristus mau rawuhmartakaké Injiling katresnan marangwong kabèh, yakuwi marang kowé, wongdudu Yahudi, sing biyèn padha adoh karo

EFESUS 2.18–22 9

Gusti Allah, lan marang wong Yahudi,sing cedhak karo Gusti Allah.18Lantaran Sang Kristus, kita kabèh,dadia wong Yahudi, dadia wong duduYahudi, padha bisa sowan menyangngarsané Sang Rama, nunggal ing Rohsiji.19Mulané kowé wong-wong singdudu Yahudi, wis dudu wong mancautawa wong njaba. Kowé saiki wis dadiwarganing umaté Allah, lan warganingbrayaté Allah.20Kowé uga padha didegaké manutdhasar sing wis dibangun déning pararasul lan para nabi; déné Sang Kristuspiyambak jumeneng dadi umpaking sakaguru.21Panjenengané sing nggandhèngpérangan-pérangané gedhong maunganti dadi Pedalemané Allah utawapapan pangibadah sing suci kagemPanjenengané.22Krana patunggilanmu karo SangKristus kowé uga padha kabangunbebarengan karo wong-wong liyané,dadi Pedalemané Allah lantaran SangRohé Suci.

EFESUS 3.1–6 10

31Merga saka kuwi demikepentinganmu para wong

dudu Yahudi, aku, Paulus, wong singdikunjara merga Sang Kristus Yésus,ndedonga ana ing ngarsané Gusti Allah.2Kowé mesthi ya wis krungu, yènmerga saka sih-rahmaté, Gusti Allah wisnimbali aku nglakoni ayahan kanggokeslametanmu.3Gusti Allah wis kepareng medharakérancangan sing sinengker, lannyariyosaké marang aku. (Bab prekaraiki wis daktulis klawan cekak,4 lan yèn kowé wis maca sing daktulismau, kowé bakal ngerti apa singdakarani wewadi bab Sang Kristus.)5Dhèk jaman-jaman sing wiskepungkur manungsa ora diparingiweruh bab wewadi mau, nanging saiki,lantaran Sang Roh Suci, Gusti Allahwis medharaké marang rasul-rasul lannabi-nabi.6Sing disebut wewadi yakuwimengkéné: Lantaran pawartanéInjil, wong dudu Yahudi padha mèlukepanduman berkahé Gusti Allahmarang wong Yahudi. Wong-wong maupadha dadi péranganing sarira siji lan

EFESUS 3.7–11 11

padha-padha duwé hak tumrapingprejanjiané Gusti Allah lantaran SangKristus.7Aku didadèkaké abdining Injilmerga saka kanugrahané Gusti Allah,sing diparingaké marang aku sranapangwasané kang élok.8Aku wong sing asor dhéwé, ingantarané umaté Allah. Senajanmengkono Gusti Allah wis keparengmaringaké wewenang marang aku,supaya martakaké Injil bab kasugihanéSang Kristus sing tanpa wangenan kuwimarang bangsa dudu Yahudi.9Lan supaya nerangaké marangwong kabèh bab enggoné GustiAllah mbabaraké rancangan singwinadi mau. Gusti Allah sing nitahakésamubarang, nyimpen wewadi maunganti pirang-pirang abad lawasé,10 supaya ing jaman saiki sawernaningkawicaksanané Gusti Allah ugakasumurupaké déning pasamuwanmarang pangwasa-pangwasa lanpepréntahan-pepréntahan sing ana inglangit.11Gusti Allah enggoné nindakaké kuwimau kabèh cocog karo kersané kang

EFESUS 3.12–18 12

langgeng. Lan kersané kuwi mau kabèhkaleksanan srana ngagem Sang KristusYésus, Gusti kita, minangka lantarané.12Ana ing patunggilan kita karoSang Kristus lan lantaran precayamarang Panjenengané, kita padha olèhkamerdikan sowan kanthi kendel ana ingngarsané Gusti Allah.13Mulané penjalukku marang kowé:aja padha cilik atimu merga enggonkunglakoni sangsara krana kowé, kuwikabèh rak murih becikmu.14Mulané aku sujud ana ing ngarsanéSang Rama,15 sing dadi asalé saben tumitah singana ing swarga lan ing bumi.16Aku nyuwun marang Gusti Allah,supaya saka gunging kamulyané, kersaamaringi kekuwatan lantaran Sang RohSuci marang kowé, lan nyantosakakébatinmu.17Sarta supaya merga sakakaprecayanmu Sang Kristus dedalemana ing atimu. Pandongaku muga-mugakowé padha ngoyoda lan tetalesasajroning katresnan.18Supaya bebarengan karo sakèhéumaté Allah, kowé dadi ngerti sepira

EFESUS 3.19–4.3 13

ambané lan dawané tuwin dhuwuré sartajeroné katresnané Sang Kristus.19Muga-muga kowé padha ngertitemenan bab katresnané Sang Kristusmau — senajan katresnané kuwi orakena dijajagi sasampurnané — lan sranamengkono kowé kapenuhan déningkasampurnané Gusti Allah.20Gusti Allah sing kwasa nindakakésamubarang srana pangwasané singmakarya ana ing kita, ngluwihi sing kitasuwun utawa kita pikir.21Panjenengané kasaosana kamulyanana ing pasamuwan, lan ana ingpatunggilané Sang Kristus Yésus,turun-tumurun nganti selawas-lawasé.Amin.

41Mulané aku, wong sing dikunjaramerga enggonku nindakaké ayahan

peparingé Sang Kristus, ngatag-atagmarang kowé: uripmu cundhukna karokersané Gusti Allah sing wis nimbalikowé.2Lakumu sing andhap-asor, sarèhlan tansah sabar. Katresnanmu padhawujudna srana tulung-tinulung.3Sabisa-bisamu padha ngudinglestarèkna enggonmu tetunggalan

EFESUS 4.4–10 14

krana Sang Roh Suci; déné katresnanmau, sing minangka esuhé.4Dadi mung ana badan siji lan Roh siji,kaya déné ya mung ana pengarep-arepsiji, sing njalari kita padha katimbalan.5Mung ana Gusti siji, iman siji lanbaptisan siji;6 lan mung ana Allah siji, yakuwiRamané wong kabèh, Gustinésamubarang, sing nitahaké lan kagunganpangwasa ing ngatasé samubarang.7Kita padha kaparingan ganjarandhéwé-dhéwé, manut takeran singdiparingaké déning Sang Kristus.8Kaya sing dingandikakaké déningGusti Allah ana ing Kitab Suci,surasané: "Sareng sumengka ingngaluhur, Panjenenganipun nggèndèngtiyang-tiyang tawanan kathah;Panjenenganipun maringi ganjarandhateng manungsa."9Tembung "sumengka" kuwi ateges:Panjenengané wis tumedhak, yakuwitumedhak nganti tekan telenging bumi.10Dadi Panjenengané sing tumedhakkuwi, iya sing sumengka ngungkulidhuwuré lan jembaré sakèhing langit,lan ngebaki alam jembar iki.

EFESUS 4.11–15 1511Panjenengané mau sing "maringiganjaran marang manungsa"; ana singditimbali dadi rasul, ana sing dadi nabi,ana sing dadi penginjil, ana sing dadipangoné pasamuwan, ana sing dadiguru.12Kuwi mau kabèh supaya umatéGusti Allah padha samekta nindakakéayahané, kanggo mbangun sariranéSang Kristus.13Srana mengkono kita kabèh bakalnunggal iman lan kawruh bab PutraningAllah. Kita bakal dadi wong-wong singdiwasa, sing mundhak sampurna kayaSang Kristus.14Temahan kita mari dadi bocah, singkatut ing ombak lan mrana-mrénékagawa déning anginé piwulang singmolah-malih, sing diwulangaké déningpara tukang apus-apus sing nedyanasaraké wong srana akal sing julig.15Nanging srana ngandhakaké prekarasing sanyatané klawan katresnan,kita padha mundhak-mundhaka ingsamubarang prekara, saéngga dadisampurna kaya Sang Kristus, singjumeneng Sesirah.

EFESUS 4.16–22 1616Srana pangwasané Sang Kristus,pérang-pérangané badan, sing béda-béda mau katata lan kaiket dadi siji.Mulané menawa saben pérangannyambut-gawé ing samesthiné, badansakojur bakal tuwuh dadi diwasa lansantosa merga saka katresnan.17Mulané kowé padha dakpituturidemi asmané Gusti: Uripmu ajapadha kaya uripé wong kapir, singpengangen-angené tanpa guna,18 lan pikiré peteng. Wong-wong mauora bakal bisa mèlu ngrasakaké uripanyar peparingé Gusti Allah, sebab sakabodhoné lan wangkoting atiné.19Wong-wong kuwi wis padha ora duwéisin; padha seneng marang piala, lanngumbar hawa-nepsuné.20Piwulang sing padha koktampa babSang Kristus kuwi ora mengkono.21Kowé rak wis padha krungu babPanjenengané lan wis padha dadimuridé, sarta nampa piwulang babkayektèn, sing ana ing Gusti Yésus.22Mulané kamanungsanmu sing lawaspadha buwangen, sebab kuwi singnjalari kowé urip kaya sing uwis-uwis.

EFESUS 4.23–29 17

Kamanungsan lawas mau rusak déningdayaning hawa-nepsu sing nasaraké.23Batinmu lan pikiranmu kududianyaraké babar-pisan.24Padha ngrasuka kamanungsan anyar,sing katitahaké manut citranéb GustiAllah; yakuwi manut kabeneran lankasucèné.25Mulané watakmu sing seneng gorohpadha buwangen! Saben wong kandhaasing sanyatané marang pepadhané,sebab kita kabèh iki padha-padhapéranganing sarirané Sang Kristus.26Yèn kowé nepsu, aja nganti kowégawé dosa. Enggonmu nepsu ajaterus-terusan sedina muput.27Aja mènèhi wewengan marang Iblis.28Wong sing gawéné nyolong, ajanyolong menèh, malah nyambuta-gawélan olèha kasil sing kalal kanggo awakmudhéwé, lan kanggo mbiyantu wongmiskin.29Tembungmu aja gawé seriking atinéwong liya. Migunakna tembung-tembungsing ana paédahé, yakuwi tembung-tembung sing mbangun, lan awèhpanglipur, supaya apa sing kokucapaké

bcitra: gambaré (bhs. Ind.: Peta).

EFESUS 4.30–5.2 18

mau ndadèkaké beciké wong-wong singpadha ngrungokaké.30Aja padha gawé sekelé penggalihéSang Roh Suci, sebab Sang Roh Sucikuwi pratandha saka Gusti Allah, yènkowé dadi kagungané. Sang Roh Sucimau dadi tanggungan, sing nanggelkowé ing Dina pangluwaran.31Buwangen sakèhé drengki,brangasan lan cugetan. Singkiranasakèhing pasulayan lan penyatur ala. Ajapadha ngendhem rasa sengit.32Aluwung padha nindakna kabecikan,lan padha sumanaka siji karo sijiné;padha apura-ingapuraa, kaya dénéGusti Allah ana ing Sang Kristus iya wisngapura marang kowé kabèh.

51Sarèhné kowé kuwi padha dadiputraning Allah sing kinasih,

kowé kudu padha ngudi urip kayaPanjenengané.2Uripmu kudu dikwasani déningkatresnan, kaya déné Sang Kristusenggoné wis ngasihi kita lan masrahakényawané kanggo kita, minangkasesaosan lan korban sing gawé renanéGusti Allah.

EFESUS 5.3–8 193Sarèhné kowé wis padha dadi umatéGusti Allah, mulané nyingkirana lakujina, pamblunthahc lan karem bandha,malah kokgunem waé aja.4Semono uga aja padha ngucapakétembung sing saru, sing sembrana lanaja misuh. Aluwung padha saosa sukurmarang Gusti Allah.5Kena dipesthèkaké, yèn wong lakujina, mblunthah utawa karem bandha(karem bandha kuwi padha karonyembah brahala), ora bakal ngrasakakédadi umat ing Kratoné Sang Kristus lanGusti Allah.6Kowé aja nganti kena diapusi déningapa waé nganggo tembung-tembungsing kothong. Iya merga prekara-prekarasing mengkono mau bebenduné GustiAllah nempuh wong-wong sing ora padhambangun-turut marang Panjenengané.7Wong-wong sing kaya mengkono kuwiaja koksrawungi.8Kowé dhéwé biyèn padha ana ingpepeteng, nanging saiki, sarèhné wisdadi umaté Gusti Allah, kowé padhaana ing pepadhang. Mulané uripmu

cmblunthah: tanpa prenatan.

EFESUS 5.9–16 20

dikaya wong-wong sing kadununganpepadhang.9Awit iya pepadhang mau singngetokaké woh werna-werna arupakabecikan, kajujuran, kayektèn.10Padha sinaua nitèni apa sing gawérenaning penggalihé Gusti Allah.11Aja mèlu-mèlu karo penggawénéwong-wong sing urip ana ing pepeteng.Malah penggawé-penggawé singmengkono iku padha welèhna.12 (Nggunem prekara-prekara singditindakaké déningwong-wong mau anaing dhelikan, kuwi waé wis saru.)13Menawa samubarang kabèh wiskawiyak, penggawéné wong-wong mausing sanyatané, uga bakal kawiyak.14Awit samubarang bakal diwedharakémiturut kaanan sing sanyatané. Mulanéana tulisan: "Wong sing turu, padhamelèka, lan padha tangia saka ing pati,temahan Sang Kristus bakal madhangikowé!"15Mulané uripmu sing padha ngati-ati.Aja kaya wong bodho, nanging dikayawong sing wicaksana.16Wektumu tanjakna sing becik, sebabjaman iki jaman ala.

EFESUS 5.17–24 2117Aja padha tanpa budi, nanging padhangudia nyumurupi apa sing dadi kersanéGusti Allah tumrap ing kowé.18Aja padha seneng mendem minumankeras; kuwi mung bakal ngrusak uripmu.Aluwung padha penuha ing Roh Suci.19Padha memujia nganggo masmur,rerepèn lan kidung kasukman. Padhangrepèkna kidung lan masmur kagemGusti Allah lan memujia asmané ana ingsajroning atimu.20Tansah padha saosa sukur marangGusti Allah, Sang Rama, tumrapsamubarang, ing Asmané Gusti kitaYésus Kristus.21Padha sumuyuda siji lan sijinéminangka pangabektimu marang SangKristus.22Wong wadon, kowé padha manutamarang somahmu, kaya enggonmumanut marang Gusti.23Awit wong lanang kuwi sesirahé wongwadon, kaya déné Sang Kristus kuwisesirahé pasamuwan, lan pasamuwansing dadi sarirané.24Mulané wong wadon kudu manutkaro sing lanang, kaya déné pasamuwanenggoné manut marang Sang Kristus.

EFESUS 5.25–31 2225Wong lanang, kowé padhanresnanana somahmu padha karo SangKristus enggoné nresnani pasamuwan,lan ngurbanaké sugengé kanggopasamuwan.26Srana mengkono Sang Kristusnyaosaké pasamuwan marang GustiAllah, srana piwulangé, sawisépasamuwan mau karesikaké sranabaptisan nganggo banyu.27Kersané, supaya pasamuwan maudadia éndah, suci lan sampurna, tanpablentong, ora pingget utawa cacadliya-liyané, sumaos ing Panjenenganépiyambak.28Wong lanang kudu nresnani somahé,padha kaya enggoné nresnani awakédhéwé. Wong lanang sing nresnanisomahé kuwi nresnani awaké dhéwé.29 (Ora ana wong sing sengit marangawaké dhéwé. Malahbadané maudiwènèhi mangan lan dirumati, padhakaya Sang Kristus enggoné ngrumatimarang pasamuwan.30AWit kita iki padha dadi péranganingsarirané.)31Kaya surasané Kitab Suci: "Mulanéwong lanang bakal ninggal bapa lan

EFESUS 5.32–6.5 23

biyungé, dadi siji karo bojoné, sekaronébakal padha dadi daging siji."32Pangandika kuwi ngandhut wewadigedhé, lan pancèn ana gegayutané karoSang Kristus lan pasamuwané.33Nanging iya ana gegayutané karokowé; yakuwi saben wong lanang kudunresnani somahé kaya enggoné nresnaniawaké dhéwé, lan saben wong wadonkudu ngajèni marang sing lanang.

61Bocah-bocah! Sing dadi kuwajibanenggonmu dadi kagungané Sang

Kristus yakuwi: Padha mbangun-turutamarang wong tuwamu. Mengkono kuwising bener.2 "Tresnaa marang bapak lan ibumu,"kuwi pepakon sing pokok sing dikanthèniprejanji:3 "Supaya kowé padha slamet lan lestaripemanggonmu ana ing jagad iki."4Para bapak lan para ibu, aja padhagawé seriking atiné anak-anakmu,nanging padha gulawenthahen supayangerti marang prenatan lan piwulangéGusti.5Para batur, kowé padha mbangun-turuta marang bendaramu klawan wedilan geter, sarta klawan tulusing ati;

EFESUS 6.6–11 24

padha kaya enggonmu mbangun-turutmarang Sang Kristus.6Aja mung yèn pinuju ditunggoni,amrih olèh pengalemé. Padha nindaknakersané Gusti Allah kanthi tulusingatimu, kaya déné abdiné Sang Kristus.7Dadi padha nglakonana pegawéanmuklawan bungah, kaya-kaya kowéngladèni Gusti piyambak lan ora mungngladèni manungsa.8Padha élinga, yèn Gusti bakal ngganjarsaben wong sing nindakaké penggawébecik, embuh batur embuh wongmerdika.9Para bendara, dikaya mengkono ugapangrengkuhmu marang para baturmulan aja padha kokancam. Élinga yènkowé lan baturmu kuwi padha-padhadadi kagungané Gusti sing ana ingswarga, sing ngadili saben wong tanpapilih kasih.10Wasana padha mbangunakekuwatanmu ana ing patunggilanéGusti, kanthi migunakaké kasektèningpangwasané.11Padha migunakna sakèhing prabotingperang sing diparingaké déning GustiAllah marang kowé, supaya kowé bisa

EFESUS 6.12–17 25

bakuh ngadhepi sakèhing kajuliganéIblis.12Awit kita iki perang ora karomanungsa, nanging karo pangwasanéroh-roh ala sing ora katon, sing anaing langit, yakuwi pepréntahan, parapenggedhé lan daya kekuwataning jagadraya, sing nindakaké pangwasané ingjaman sing peteng iki.13Mulané kowé saiki padha nganggoagegaman peparingé Gusti Allah, supayayèn ketekan dina sing ala kuwi, kowébisaa nangkis panempuhing mungsuh,sarta sawisé nglakoni perang ngantirampung, kowé isih tetep tangguh.14Mulané kowé kudu padha siaga!Bangkèkanmu sabukana kayektèn, lannganggoa kamursidan minangka keréing dhadhamu.15Sarta padha cumadhanga martakakéInjiling katentreman minangkatrumpahing sikilmu.16Precayamu marang Gusti enggonenminangka tamèng. Srana precayamumau kowé bisa nangkis sakèhing panahgeni sing dilepasaké déning Iblis.17Padha nampanana keslametanminangka tropong lan pangandikané

EFESUS 6.18–22 26

Gusti Allah tamakna kaya déné pedhangpeparingé Sang Roh Suci marang kowé.18Kuwi kabèh padha tindakna klawanndedonga, nyuwun pitulungané GustiAllah. Padha tansah ndedongaa manutpanuntuning Sang Roh Suci marangkowé. Mulané tansah padha singawas lan aja semplah; padha tansahndedongaa kanggo para umaté GustiAllah.19Mengkono uga ndongakna aku,supaya Gusti Allah kersa paringpangandika samasa tekan mangsanéaku martakaké kekeraning Injil;sarta kaparingana kekendelan lankawicaksanan.20Merga saka Injil kuwi aku dadiutusan, senajan saiki aku dikunjara.Padha nyenyuwuna supaya akukaparingan kekendelan kanggongandharaké bab Injil mau, kaya singdadi kuwajibanku.21Tikhikus, sedulur kita lan abdi singtumemen ana ing pakaryané Gusti, bakalcrita marang kowé, supaya kowé padhangerti kaananku.22Kuwi sebabé Tikhikus dakkongkonnemoni kowé, supaya nyritakaké

EFESUS 6.23–24 27

kaananku kabèh, karebèn bisa gawégedhéning atimu.23Allah Sang Rama tuwin GustiYésus Kristus, maringana iman, rasatresna-tinresnan lan karukunan marangpara sedulur kabèh.24Sih-rahmaté Gusti Allah nunggilakaro kowé kabèh, sing padha tetepkatresnané marang Gusti kita YésusKristus. Saka aku, Paulus

Filipi

11Layangku wong loro, Paulus lanTimotius, para abdiné Sang Kristus,

tumekaa marang sakèhing umaté Allahsing padha manggon ing kutha Filipi,yakuwi para sedulur ing patunggilanéSang Kristus Yésus. Uga tumekaamarang para panuntuning pasamuwansarta para pembantuning pasamuwan.2Gusti Allah Rama kita lan GustiYésus Kristus maringana sih-rahmat lankatentreman marang kowé kabèh.3Saben aku kèlingan kowé, aku saossukur marang Gusti Allah.4Saben-saben aku ndedonga kanggokowé kabèh. Enggonku ndedonga klawanbungah,5merga aku kèlingan enggonmumbiyantu aku nalika aku nindakakéayahaning Injil, wiwit-wiwitan ngantitekan sepréné.6Mulané aku yakin temenan, yèn GustiAllah sing wis miwiti penggawé becikiki ana ing kowé, iya bakal nglajengaké

FILIPI 1.7–11 2

pakaryané mau nganti sarampungé,yakuwi tekan Dina rawuhé Sang Kristus.7Kowé selawasé ana ing atiku! Lanpangrasaku sing mengkono mau iyawis samesthiné. Sebab kowé wis mèlungrasakaké sih-rahmat sing kaparingakédéning Gusti Allah marang aku, dadiasaiki sajroné aku dikunjara, dadia dhèkbiyèn, nalika aku isih bébas enggonkumbélani lan ngugemi Injil.8Gusti Allah sing neksèni, yèn aku oragoroh; kangen lan tresnaku marangkowé kabèh iki asalé saka Sang KristusYésus piyambak.9Pandongaku marang kowé iki, supayakatresnanmu saya mundhak gedhé,dikanthènana kawruh sing bener lanpanimbang sing patitis.10Supaya kowé bisa milih endising becik dhéwé, temah ing DinanéSang Kristus rawuh ngadili sakèhingmanungsa, kowé padha slamet, ketemuresik lan tanpa cacad.11Uripmu bakal kapenuhan ingpenggawé-penggawé sing utama, singtumindaké mung krana sih-rahmatéSang Kristus piyambak, kagem kamulyanlan kaluhurané Gusti Allah.

FILIPI 1.12–17 312Para sedulur! Padha ngertia, yènprekara-prekara sing wis dakalami kuwimalah njalari Injil saya sumebar.13Para prejurit sing njaga kraton lanwong kabèh sing ana ing kéné padhangerti yèn enggonku dikunjara iki mergaaku dadi abdiné Sang Kristus.14Lan iya merga enggonku dikunjaraiki, akèh sedulur sing saya kuwatprecayané marang Gusti, nganti dadisaya kendel enggoné martakaké Injil,tanpa rasa wedi.15Pancèn ana sedulur sawetara singenggoné mulangaké bab Sang Kristusmerga duwé rasa mèri, utawa mergadhemen padu, nanging sedulur-sedulurliyané padha mulangaké klawan éklasingati.16Kegawa saka rasa tresnané marangSang Kristus lan aku, sebab padha ngertiyèn sing ngutus aku mbélani Injil kuwiGusti Allah piyambak.17Wong-wong liyané enggonéngabaraké Injil ora klawan ati sing éklas,nanging merga mburu kepentinganédhéwé. Pengirané srana mengkono kuwibisa njalari saya aboting kasangsarankuana ing kunjara.

FILIPI 1.18–24 418Nanging ora dadi apa! Aku senengwaé, sebab Sang Kristus tetepdikabaraké, senajan alesané embuh ala,embuh becik. Aku bakal tetep bungah,19 sebab aku ngerti yèn aku bakalkaluwaran, merga pandongamu lanmerga pitulungané Rohé Gusti YésusKristus.20Sing daksesuwun lan dakudiyakuwi supaya aja nganti gagalenggonku nglakoni kuwajibanku. Malahsemangsa-mangsa, luwih-luwih saiki,aku kaparingana kekendelan, supayaaku bisa ngluhuraké Sang Kristus anaing badanku, dadia aku urip utawa mati.21Sebab urip kuwi kanggoné aku,kagem Sang Kristus, déné yèn mati kuwidakanggep kabegjan.22Nanging yèn srana uripku aku bisanindakaké pegawéan sing luwih akèhpaédahé, aku banjur ora ngerti endi singarep dakpilih.23Aku ketarik déning loro-loroné pisan.Aku kepéngin banget kapundhut lantetunggilan karo Sang Kristus; kuwi singbecik dhéwé.24Éwasemono, kanggo kepentinganmu,luwih becik yèn aku tetep urip.

FILIPI 1.25–29 525Bab iki aku yakin. Kuwi sebabé akungerti yèn aku durung arep mati. Akubakal isih tetep tetunggalan karo kowékabèh, mbiyantu undhaking precayamumarang Gusti lan kabungahanmu.26Mulané mbésuk samangsa aku anaing antaramu menèh, kowé bakal bisasaya kuwat precayamu ana ing SangKristus Yésus.27Sing prelu yakuwi uripmu kudu cocogkaro Injilé Sang Kristus, supaya ketemuapa ora ketemu karo kowé, aku bakalkrungu yèn kowé padha tetep mantepnunggal karep, lan padha bebarenganngudi nggayuh marang prekara siji,yakuwi bab precaya marang Injil.28Aja padha wedi karo satrumu. Singtetep kendel waé. Kuwi nandhakakéyèn satru-satrumu bakal padha kalah,lan kowé bakal menang, sebab GustiAllah piyambak sing maringi kaunggulanmarang kowé.29Sebab kowé wis padha olèhkanugrahan, ora mung enggonmuprecaya marang Panjenengané, nanginguga enggonmu diparengaké nandhangsangsara kagem Panjenengané.

FILIPI 1.30–2.6 630Saiki kowé padha bisa bebarengankaro aku, yaiku nandhang kasangsarankaya sing wis koksipati tumraping akubiyèn, lan kaya sing kokrungu saiki isihdakalami.

21Kowé saiki dadi santosa rak mergatetunggilan karo Sang Kristus? Atimu

kalipur rak merga saka katresnané SangKristus marang kowé? Kowé padhatresna-tinresnan lan padha seneng olahkawelasan rak merga saka Rohé Allah?2Padha gawéa senengé atiku sranaenggonmu padha sarujuk, tresna-tinresnan, tunggal ati lan karep.3Aja ana sing seneng mburukepentingané dhéwé, utawa golèkalem, nanging siji lan sijiné padha singandhap-asor. Aja padha rumangsa luwihbecik tinimbang karo wong liyané.4Malah padha nggatèkna marangkepentingané liyan, aja mungkepentingané dhéwé.5Sikapmu dikaya Gusti Yésus Kristus,yakuwi:6Senajan Panjenengané kuwi sipatAllah, éwasemono ora tau kagungansedya ngetingalaké sipat ka-Allahané.

FILIPI 2.7–13 77Malah saka kersané piyambakPanjenengané ngrucat kamulyané, sartangagem sipaté abdi. Panjenengané dadipadha karo manungsa, lan rawuh wujudmanungsa.8Panjenengané ngasoraké sarirané,sarta sumuyud marang Gusti Allahnganti dilakoni séda — yakuwi séda anaing kayu salib.9Mulané Panjenengané wis diluhurakédéning Gusti Allah ana ing papan singdhuwur dhéwé, lan diparingi pangwasasing ngungkuli sakèhing pangwasa.10Supaya sakèhing titah sing ana ingswarga lan ing bumi, apa déné ingsangisoring bumi padha sujud.11Lan ngakoni yèn Yésus Kristus kuwiGusti, lan srana cara mengkono GustiAllah, Sang Rama, kaluhuraké.12Mulané para sedulur sing kinasih,kaya enggonmu tansah nurut karo akunalika aku bebarengan karo kowé, luwihmenèh saiki bareng aku adoh, padhasaya nuruta. Tansah padha ngudiakasampurnaning keslametanmu klawanwedi lan geter,13awit Gusti Allah tansah makaryaana ing kowé, supaya kowé duwéa

FILIPI 2.14–18 8

kekarepan lan kabisan mbangun-turutmarang apa sing dikersakaké.14Samubarang kabèh lakonana tanpanganggo nggrundel lan madoni.15Supaya ana ing satengahing umatsing keblinger lan mursal, kowé padhadadi putrané Gusti Allah sing sampurna,resik lan tanpa cacad. Menawamartakaké Injil ana ing satengahéwong-wong mau,16kowé padha sumunara kayapepadhang sing madhangi bumi. Yènkowé padha tumindak mengkono, anabeneré aku mongkog mbésuk samangsaDinané Sang Kristus Yésus rawuhmenèh, sebab bakal tetéla yèn sakèhépangudiku lan pegawéanku mau oramuspra.17Senajan bisa uga nyawaku dadikorban minangka pisungsung singkokcaosaké marang Gusti Allah mergasaka precayamu, aku bungah lankowé kabèh bakal mèlu ngrasakakékabungahanku.18Mengkono uga kowé iya padhabungaha lan aku bakal mèlu ngrasakakékabungahanmu.

FILIPI 2.19–25 919Aku precaya, yèn srana pitulunganéGusti Yésus, aku bakal énggal bisakongkonan Timotius nekani kowé,supaya atiku bisa lejar, merga krungukabar bab kaananmu.20Mung Timotius sing bisa mèlungrasakaké bebarengan karo aku, lansing pancèn mikiraké bab kaananmu.21Sebab liyané mung padha mikirakébutuhé dhéwé sarta ora ana singmikiraké kepentingané Sang KristusYésus.22Lan kowé wis padha sumurupenggoné Timotius wis nuduhakékasetyané lan wis ngréwangi akunindakaké ayahaning Injil, ora béda karoanak sing ngréwangi bapakné.23 Iya Timotius kuwi sing tumuli bakaldakkongkon nekani kowé samangsa wiscetha kepriyé putusané prekaraku.24Nanging aku precaya marang Gusti,yèn ora suwé menèh aku dhéwé iyabakal bisa niliki kowé.25Dakrasa aku prelu kongkonan sedulurkita Épafroditus nekani kowé, kuwisedulur sing wis ngréwangi aku lannyambut-gawé bebarengan karo aku,sing kokkongkon nulungi aku.

FILIPI 2.26–3.2 1026Dhèwèké kepéngin banget ketemukowé kabèh, lan uga prihatin mergakowé padha krungu dhèwèké lara.27Dhèwèké pancèn lara temenan,malah mèh mati. Nanging Gusti Allahparing kawelasan, ora mung marangdhèwèké, nanging uga marang aku, lanngluwari aku supaya aja nganti ketamankasusahan sing luwih gedhé menèh.28Mulané dhèwèké dakkon énggal-énggal nemoni kowé, supaya kowé padhabungah samangsa weruh dhèwèké lanaku dhéwé iya banjur mari susahku.29Mulané Épafroditus kuwi tampananakaya sedulur ing patunggilané Gusti.Wong sing kaya Épafroditus kuwi padhaajènana.30Merga nglabuhi pakaryané SangKristus, nganti mèh mati. Lan ngetohakényawané kanggo mitulungi aku,minangka wakilmu.

31Wusana, para sedulur, muga-mugaGusti tansah maringi kabungahan

marang kowé kabèh. Ora ana alané akumindhoni sing biyèn wis daktulis marangkowé, malah kepara akèh beciké.2Dingati-ati karo wong sing padhanglakoni penggawé ala, kaya patrapé

FILIPI 3.3–6 11

asu, yakuwi wong-wong sing padhangotot nggegegi bab tetak.3Awit iya kita iki wong-wong singpadha nglakoni tetak sing bener, duduwong-wong kuwi. Awit kita padhangabekti marang Gusti Allah lantaranRohé Gusti Allah piyambak, sarta kitapadha saos sukur merga dadi kagunganéSang Kristus Yésus. Kita ora ngandelmarang tata-cara kedagingan.4Satemené aku iya bisa ngendel-endelaké marang prekara-prekarakedagingan, awit yèn ana wong singbisa ngendel-endelaké marang prekara-prekara kedagingan, saya menèhaku.5Aku ditetaki nalika umur wolung dina.Aku iki wong Israèl wiwit lair mula, sakatalera Bènyamin, wong Ibrani tulèn. Babmituhu marang Angger-anggering Torètéwong Yahudi, aku iki wong Farisi.6Lan merga saka sregepku, akunguya-uya pasamuwan. Saupama wongbisa dibeneraké merga enggoné netepiAngger-anggering Torèt, aku iki wongsing bener.

ataler: lajering bangsa.

FILIPI 3.7–11 127Nanging kabèh prekara sing dhèkbiyèn dakanggep maédahi mau, saikidakanggep mitunani merga SangKristus.8Ora mung prekara-prekara kuwi waé,nanging kabèh prekara saiki dakanggepmung mitunani, yèn katandhing karosing luwih aji, yakuwi kawruh bab SangKristus Yésus, Gustiku. Merga saka SangKristus kabèh mau wis dakbuwang, lankabèh mau dakanggep uwuh, supayaaku bisa nampa Sang Kristus,9bisa tetunggilan karo Panjenengané.Aku wis ora duwé kabeneran sing mergasaka aku dhéwé, yakuwi kabeneransing pinangkané saka enggonku netepiAngger-anggering Torèt. Aku saikinampani kabeneran peparingé GustiAllah, sing kaparingaké wewaton precayamarang Gusti Yésus Kristus.10Mung saprekara sing dakudi, yakuwikepriyé bisaku wanuh karo Sang Kristuslan ngrasakaké pangwasané wungunésaka ing séda, sarta ndhèrèk ngalamisangsara lan sédané,11 supaya wekasané aku ugakatangèkaké saka ing pati.

FILIPI 3.12–15 1312Aku ora kandha lan rumangsa wismenang utawa wis dadi sampurna.Nanging aku tansah ngudi bisané olèhganjaranb sing wis dicawisaké déningSang Kristus srana nimbali aku dadikagungané.13Para sedulur, aku dhéwé pancèn orarumangsa wis menang lan olèh ganjaran,nanging saprekara sing dakudi, yakuwinglalèkaké samubarang sing ana ingmburiku lan ngetog karosanku nyandhakapa sing ana ing ngarepku.14Dadiné aku mlayu ngener marangtujuanku supaya olèh ganjaran mau,yakuwi timbalané Gusti Allah, urip anyar,sing dicadhangaké lantaran Sang KristusYésus.15Mulané kita kabèh wong Kristen singwis padha diwasa cara rohani, kudupadha duwé tékad sing mengkono.Nanging yèn ing antaramu ana wongsing béda panemuné, Gusti Allah bakalmaringi ketrangan marang kowé.

bganjaran: Basa Indonesia "hadiah," ingkangkasukakaken dhateng tiyang ingkang menang ingperlombaan.

FILIPI 3.16–21 1416Mung waé, sing prelu: Kita kudumanut tuladha sing wis tumindak tekansepréné.17Terusna enggonmu padha nuladmarang aku, para sedulurku! Aku wispadha mènèhi tuladha sing becik marangkowé, mulané padha ngiloa marangwong-wong sing padha nganut tuladhamau.18Aku wis kerep kandha bab iki marangkowé, lan saiki dakpindhoni karo nangis,yèn akèh wong sing uripé cengkah karoSang Kristus sing séda ing kayu salib.19Wong-wong mau bakal mungkasiuripé ana ing nraka, awit sing dadibrahalané hawa-nepsuning badané.Wong-wong mau padha ngegung-egungaké prekara-prekara singsatemené ngisin-isini, lan mung padhamikiraké prekara-prekara kadonyan.20Nanging kita iki rak putra-putrakaswargan. Mulané kita padhacecengklungen ngarep-arep rawuhéSang Juru Slamet, Gusti kita YésusKristus, saka ing swarga.21Panjenengané bakal ngganti badankita sing apes lan kena ing rusakiki kadadèkaké mulya kaya sarirané

FILIPI 4.1–6 15

piyambak, srana pangwasa sing diagemnelukaké samubarang kabèh.

41Mulané sedulur-sedulurku singdaktresnani, lan sing banget

dakkangeni, sing gawé bungah lanmongkoging atiku! Kaya mengkonokuduné tumindakmu, krana enggonmudadi wong Kristen.2Euodhia lan Sintikhé! Sing padharukun enggonmu seduluran ana ingGusti.3Semono uga kowé Sunsugos, kancakutunggal ing gawé sing setya, sedulur-sedulur wadon loro kuwi tulungana;awit wong-wong kuwi wis nyambut-gawé sengkud karo aku martakakéInjil, bebarengan karo Klemens lankanca-kancaku nyambut-gawé liyané,sing jenengé padha katulis ana ing kitabkauripan.4Tansah padha bungaha sajronépadha dadi wong precaya. Padhabungah-bungaha.5Tangkepmu karo wong kabèh singlembah-manah. Gusti bakal énggalrawuh.6Aja padha sumelang ing bab apawaé. Apa sing kokkarepaké aturna

FILIPI 4.7–11 16

marang Gusti Allah sajroning pandonga,suwunen kanthi saos panuwun.7Temahan Gusti Allah bakal maringikatentreman sing ngungkuli nalarémanungsa, sing bakal gawé tetegingati lan pengangen-angenmu ana ingpatunggilané Sang Kristus Yésus.8Wusana, para sedulurku, padha mikiraprekara-prekara sing becik lan singpantes dialem, yakuwi prekara-prekarasing nyata, sing luhur, sing bener, singsuci, sing éndah lan sing kajèn.9Kabèh sing padha koksinau lan singkoktampa saka aku padha lakonana,dadia sing rupa tembung, dadia singrupa penggawé. Temahan Gusti Allahsing maringaké katentreman marangkita, bakal nunggil karo kowé.10Banget bungahku déné sawisésemono lawasé, kowé mikir aku menèh.Kandhaku iki ora merga kowé lèrènsaka enggonmu nggatèkaké marangkaananku, nanging merga enggonmuora kober ngétokaké katresnanmu.11Enggonku muni mengkono kuwi, orakokmerga aku kapiran; awit aku wissinau nyukupi awakku dhéwé nganggoapa sing dakduwèni.

FILIPI 4.12–17 1712Aku wis ngalami kecingkrangan, laniya wis ngalami kalubèran. Aku wis ngertiwadiné, kepriyé bisané tahan ngadhepikaanan, ing sadhéngah papan lan ingsadhéngah wektu, yèn lagi wareg,yèn lagi keluwèn, yèn lagi nandhangkalubèran, utawa yèn lagi nandhangkekurangan.13Sakèhing prekara daksangga sranakekuwatan sing diparingaké déning SangKristus marang aku.14Apa sing koktindakaké becik bangetdéné kowé wis padha nulungi aku ingsajroning kasusahanku.15Para sedulur ing kutha Filipi, kowépadha ngerti dhéwé, dhèk aku mangkatsaka tanah Makédonia, nalika Injil lagiwiwit diwartakaké, ora ana pasamuwansing nulungi aku; kejaba mungpasamuwanmu dhéwé sing padha mèlungrasakaké tuna-bathiné bebarengankaro aku.16Nalika aku ana ing kutha Tésalonikambutuhaké pitulungan, kowé luwih sakasepisan ngirimaké pitulungan marangaku.17Ora merga aku seneng nampapawèwèh, nanging aku kepéngin weruh

FILIPI 4.18–23 18

wohing precayamu, sing nggedhèkakékauntunganmu.18Samubarang kabèh singkokwènèhaké marang aku kuwiwis daktampa, wis cukup, malah luwihdéning cukup! Srana pawèwèhmu singdigawa Épafroditus mau, aku saikiwis duwé apa waé sing dakbutuhaké.Pawèwèh-pawèwèhmu iki presasatganda arum, sumaos marang GustiAllah, pisungsung sing ketrima déningPanjenengané lan ndadèkaké renaningpenggalihé.19Gusti Allahku bakal maringi apa singkokbutuhaké manut kasugihané singlubèr-lubèr ana ing Sang Kristus Yésus.20Pinujia Gusti Allah, Sang Rama kitaing selawasé! Amin.21Salamku marang sakèhing wongprecaya sing dadi kagungané SangKristus Yésus. Para sedulur sing padhabebarengan karo aku padha kirim salam.22Sedulur-sedulur Kristen kabèh padhakirim salam, semono uga sing padha anaing wewengkoning kraton.23Sih-rahmaté Gusti Yésus Kristusnunggila karo kowé kabèh. Saka akusekloron, Paulus lan Timotius

Kolose

11Layang saka Paulus, sing sakakersané Gusti Allah katimbalan dadi

rasulé Sang Kristus Yésus, lan sakasedulur kita Timotius,2 tumekaa marang umaté Gusti Allah ingkutha Kolosé, yakuwi para sedulur kitawong-wong Kristen, sing setya. GustiAllah Rama kita maringana sih-rahmatlan katentreman marang kowé kabèh.3Samasa aku ndongakaké kowé, akutansah padha saos sukur marang GustiAllah, Ramané Gusti kita Yésus Kristus,4merga aku wis padha krungu babprecayamu marang Sang Kristus Yésus,lan katresnanmu marang umaté GustiAllah kabèh.5Nalika pawarta sing sejati, (yakuwiInjil), kawartakaké marang kowé,kowé padha ngerti bab pengarep-arepsing diparingaké lantaran Injil mau.Precayamu lan katresnanmu alandhesanpengarep-arep kuwi, sing kacawisakédéning Gusti Allah ana ing swargakanggo kowé.

KOLOSE 1.6–10 26 Injil kuwi nggawa berkah landiwartakaké ana ing salumahing bumi,padha kaya sing diwartakaké ana ingantaramu, wiwit ing dina enggonkukrungu kang kapisan bab sih-rahmatéGusti Allah, nganti kowé padha ngertitemenan, apa sing diarani sih-rahmat.7Kowé padha krungu bab kuwi mausaka Épafras, kancaku tunggal pangabdising daktresnani. Épafras kuwi abdinéSang Kristus sing setya, sing makili akukabèh.8 Iya Épafras sing nyritani aku kabèhbab katresnan sing kaparingaké déningSang Roh Suci marang kowé.9Mulané, wiwit aku padha krungukabarmu, aku tansah padha ndongakakékowé. Panyuwunku muga Gusti Allahmarengaké kowé ngerti marang sakèhingkersané; lantaran kawicaksanan lankawruh peparingé Sang Roh Suci.10Yèn wis mengkono kowé lagi padhabisa urip kaya sing dikersakaké déningGusti, sarta tansah nglakoni sing gawérenaning penggalihé Gusti Allah. Sakèhépegawéanmu sing becik bakal ngetokakéwoh, lan kawruhmu bab Gusti Allahbakal saya wuwuh.

KOLOSE 1.11–16 311Muga-muga kowé padhadisantosakaké srana sarupaningkekuwatan sing mijil saka Kratoné GustiAllah kang mulya, temahan kowé padhakuwat nyangga sadhéngah prekaraklawan sabar.12Padha saosa sukur klawan bungahmarang Sang Rama, sing ngersakakékowé pantes nampa panduman sabarangsing kacadhangaké déning Gusti Allahkanggo umaté ana ing kratoningpepadhang.13Panjenengané wis ngluwari kita sakapangwasané pepeteng, tinuntun kanthislamet menyang Kratoné Putrané kangkinasih.14 Iya merga Sang Putra mau kitapadha kaparingan pangluwaran lanpangapuraning dosa-dosa kita.15Gusti Allah kuwi ora tau kasat mripat.Nanging Panjenengané Sang Kristusdadi wewujudané Gusti Allah sing orakaton mau. Sang Kristus dadi Putrambarep sing luwih unggul ketimbangkaro samubarang sing katitahaké déningGusti Allah.16 Iya ana ing Sang Kristus kuwi GustiAllah nitahaké samubarang sing ana ing

KOLOSE 1.17–20 4

swarga lan ing bumi, barang-barangsing katon lan sing ora katon, semonouga sakèhing pangwasa sing ora kasatmripat. Gusti Allah nitahaké jagad rayaiki lantaran Sang Kristus lan kagem SangKristus.17Sang Kristus wis ana sadurungésamubarang ana, lan ana ingpatunggilané Sang Kristus mausamubarang kabèh kaprenahaké ana ingpapané dhéwé-dhéwé.18Sang Kristus jumeneng sesirahésarira, yakuwi pasamuwan.Panjenengané dadi sumbering uripésarira mau. Panjenengané dadi Putrapembarep sing katangèkaké saka ingséda, supaya jumeneng sing pinunjuldhéwé ing antarané samubarang kabèh.19Sebab wis dadi kersané GustiAllah piyambak menawa Sang Putrakagungan sipat ka-Allahané Gusti Allahing sasampurnané.20 Iya lantaran Sang Putra mau, GustiAllah ngrukunaké samubarang kabèhkaro sarirané piyambak, dadia sing anaing bumi, dadia sing ana ing swarga,yakuwi sawisé nindakaké pirukun sranasédané Sang Putra ana ing kayu salib.

KOLOSE 1.21–25 521Dhèk biyèn uripmu adoh karo GustiAllah. Malah kowé padha dadi mungsuhéGusti Allah, merga saka penggawé utawatumindakmu, apa déné pikiranmu singala.22Nanging lantaran sédané Sang Putra,saiki kowé wis padha kadadèkaké paramitrané Gusti Allah, sing kairid menyangngarsané, dadi wong-wong sing suci,resik lan tanpa cacad.23Mulané kowé padha tetepa setyanganggo dhasar precaya sing kuwat, lanaja nganti ninggal pengarep-arep singwis kokrungu saka Injil. Aku, Paulus,dadi abdiné Injil kuwi, iya Injil sing wisdiwartakaké marang saben wong ingsalumahing bumi.24Saiki aku rumangsa begja déné akunandhang kasangsaran krana kowé.Sebab srana kasangsaranku iki, akukepareng ngganepi kasangsaran singisih kudu disandhang déning sarirané,yakuwi pasamuwan.25Lan aku wis didadèkaké abdidéning Gusti Allah kanggo ngladosipasamuwané, iya kanggo kebutuhanmu,yakuwi nglantaraké pawarta saka GustiAllah nganti sakatogé,

KOLOSE 1.26–2.1 626wewadi sing ora disumurupi déningmanungsa kabèh ing jaman singkepungkur, sing saiki dilairaké marangumaté.27Rancangané Gusti Allah yakuwimedharaké marang umaté sepiragedhéné lan kamulyané wewadi singkacawisaké kanggo para bangsa kabèh.Sing diarani wewadi kuwi mengkéné:Sang Kristus dumunung ana ing kowé,kuwi ateges kowé ngrasakaké kamulyanéGusti Allah.28Mangka Sang Kristus mau wisdakwartakaké marang wong kabèh.Aku padha mituturi lan mulang sabenwong nganggo migunakaké sarupaningkawicaksanan, supaya saben wonggelem daksowanaké ana ing ngarsanéGusti Allah dadi wong sing kasukmanédiwasa ana ing patunggilané SangKristus.29Kuwi sing dakudi tanpa ngétungkesel, nganggo migunakaké sakèhingkekuwatanku saka pangwasané SangKristus, sing makarya ana ing aku.

21Becik menawa kowé dakkandhanisepira kangèlanku sajroné nyambut-

gawé kanggo kowé lan kanggo

KOLOSE 2.2–6 7

wong-wong ing kutha Laodikia, apamenèh kanggo wong-wong kabèh singpadha ora tepung karo aku dhéwé.2Enggonku tumindak mengkonomau supaya wong-wong padha lipuraatiné lan padha saya raketa enggonétresna-tinresnan, satemah olèh kawruhakèh sing nyantosakaké keyakinané.Srana mengkono wong-wong mau bakalpadha ngerti bab wewadiné Gusti Allah,yakuwi Sang Kristus piyambak.3Sang Kristus kuwi presasat kuncising kanggo mbukak sakèhing bandhakawicaksanan lan kawruh kagunganéGusti Allah sing isih sinengker.4Mulané kowé padha dakkandhani: ajanganti kena diapusi déning sapa waé,nganggo alesan-alesan palsu, senajanalesan-alesan mau katoné maton.5Sebab senajan aku dhéwé ora anaing tengahmu, nanging batinku tansahnunggal karo kowé. Aku bungah bangetdéné krungu enggonmu padha saiyeg,ngantepi precayamu marang SangKristus klawan teguh.6Sarèhné kowé wis ngakoni yèn SangKristus Yésus kuwi Gusti, mulané padhanunggala karo Panjenengané.

KOLOSE 2.7–11 87Padha ngoyoda ana ing Panjenengané;uripmu bangunen alandhesanPanjenengané, precayamu dadiamundhak teguh, kaya sing kawulangakémarang kowé. Kowé tansah padha saosasukur.8Mulané padha sing ngati-ati. Aja anawong sing njiret kowé nganggo ngèlmusing ora nyata lan ora ana paédahé, singasalé saka pangothak-athiké manungsaapa déné piwulanging jagad, ora sakaSang Kristus.9Sebab iya ana ing Sang Kristus kono,ana ing kamanungsané, dumunung sipatka-Allahané Gusti Allah kabèh sawetahé.10Lan merga enggonmu tetunggilankaro Sang Kristus, uripmukasampurnakaké. Sang Kristuskuwi jumeneng Gustiné sakèhingpangwasa lan pepréntahané sing kasatmripat.11Samasa tetunggilan karo SangKristus kowé wis padha katetakan; oramerga tetak sing katindakaké déningmanungsa, nanging katetakan déningSang Kristus piyambak, yakuwi sranadiluwari saka pangwasané badan singdosa iki.

KOLOSE 2.12–16 912Sebab nalika kowé dibaptis, ikuibaraté kowé dikubur bebarengan karoSang Kristus, lan ing baptisan maukowé uga ditangèkaké bebarengan karoSang Kristus, merga saka precayamumarang pangwasané Gusti Allah, singmungokaké Sang Kristus saka ing séda.13Cara kasukman, biyèn kowé wis matimerga saka dosa-dosamu lan mergakowé kuwi wong kapir sing uripé tanpaangger-angger. Nanging saiki Gusti Allahwis nangèkaké kowé bebarengan karoSang Kristus, amarga Gusti Allah wisngapura sakèhing dosa kita.14Panjenengané mbatalaké layangpratandha utang lan prenatan singnyancang marang kita. Kuwi kabèhdilebur babar-pisan srana maku layangpretandha utang mau ana ing kayu salib.15Ana ing kayu salib kono Sang Kristusngluwari sarirané saka pangwasané pararoh sing ora katon. Para pangwasa maudidadèkaké tontonan srana diirid anaing arak-arakaning kemenangané SangKristus.16Mulané kowé aja padha manut karoprenatan-prenatan bab panganan utawaombèn-ombèn, utawa bab dina-dina

KOLOSE 2.17–20 10

suci, utawa bab kraméan sasi anyar,utawa dina Sabbat.17Kuwi kabèh mau rak mungwewayangané prekara-prekara singbakal kelakon. Kuwi kabèh wisdiwujudaké ana ing Sang Kristus.18Yèn ana wong sing ngrèmèhaképrecayamu lan ngaku-aku luwih unggultinimbang kowé, merga nampaniwahyu-wahyu mirunggan, sarta akonkowé ngasoraké dhiri lan ngibadahmarang malaékat-malaékat, kowé ajagelem. Wong sing kaya mengkono maupadha gumunggung tanpa wewaton,awit pikirané mung cara kadonyan,19 lan ora ngugemi Sang Kristus, singjumeneng dadi Sesirah. Merga sakapangwasané Sang Kristus badan sekojurmau dirumat lan didadèkaké siji nganggoros-rosan lan urat-urat, sarta tuwuhmanut kersané Gusti Allah.20Kowé wis padha mati bareng karoSang Kristus, lan kaluwaran sakapangwasané roh-roh sing nguwasanialam jembar. Yagéné enggonmu uripkokkaya wongé jagad iki? Yagénékowé manut prenatan-prenatan kayaupamané:

KOLOSE 2.21–3.4 1121 "Aja ndemèk iki," "Aja ngicipi kuwi,""Aja nyénggol iki lan kuwi?"22Sawisé tumindak kuwi kabèh wisora ana gunané. Kuwi mung prenatan-prenatan lan piwulang gawéanémanungsa.23Pancèn katoné prekara-prekara maukaya isi kawicaksanan, awit ngajakngibadah marang malaékat, lakuandhap-asor lan mesu badan klawankeras, nanging kabèh mau ora anapaédahé kanggo mekak hawa-nepsunémanungsa.

31Sarèhné kowé wis padhakatangèkaké bareng karo Sang

Kristus, mulané padha ngupayaasamubarang kang ana ing swarga, ingpanggonané Sang Kristus pinarak ingdhampar sisih tengené Gusti Allah.2Padha mikira sabarang kang ana ingkana, aja sing ana ing donya kéné.3Sebab kowé kuwi wis mati, lan uripmusaiki-iki peparingé Gusti Allah lantaranSang Kristus.4Gusti Yésus Kristus kang paringgesang mau, bakal rawuh. Ingkono kowé uga bakal ndhèrèk karoPanjenengané ana ing kamulyané.

KOLOSE 3.5–10 125Mulané kowé padha nyandhetapepénginan lan hawa-nepsu sing njalarikowé ngangah-angah, kayata: lakujina, tindak rusuh, birahi, kepéncut,lan karem bandha (awit karem bandhakuwi sawijining patrap nyembah marangbrahala).6Merga saka prekara-prekara singmengkono kuwi laknaté Gusti Allah bakalkaesokaké marang sadhéngah wong,sing mbangkang marang Panjenengané.7Kowé dhéwé biyèn iya urip nurutipepénginan-pepénginan sing mengkonomau, yakuwi nalika uripmu isih kaerèhdéning pepénginan-pepénginan.8Nanging saiki kuwi kabèh maupadha buwangen, yaiku: seneng nepsu,ngangah-angah lan rasa sengit. Ajanganti kewetu pitenah utawa tembungsing saru.9Aja padha goroh-ginorohan,sebab kowé wis padha ngrucatkamanungsanmu sing lawassapratingkahé,10 sarta wis ngrasuk kamanungsananyar sing tansah dianyaraké déningkang nitahaké, yakuwi Gusti Allah,manut pasemoné Gusti Allah piyambak.

KOLOSE 3.11–15 13

Temah kowé padha bisa wanuh karoPanjenengané ing sasampurnané.11Dadiné wis ora ana wong kapir utawawong Yahudi menèh, wong tetakanutawa ikutan, wong ngerti tata-kramautawa wong alasan, batur-tukon utawawong merdika, nanging Sang Kristussing jumeneng dadi Gustiné wong kabèhmau.12Kowé kuwi padha umaté GustiAllah. Panjenengané ngasihi kowé lanmilih kowé dadi kagungané. Mulanépadha duwéa watak welasan, sumanak,andhap-asor, lembah-manah lan sabar.13Padha tulung-tinulunga lan apura-ingapuraa, samasa panunggalanmu anasing duwé rasa ora kepénak atiné. Kowékudu apura-ingapura, kaya patrapé Gustingapura kowé.14Malah isih kokwuwuhana menèhkatresnan, awit katresnan kuwinunggalaké samubarang kabèh dadi sijiklawan sampurna.15Atimu padha kaparinganakatentreman déning Sang Kristus,awit iya kanggo prekara iku mauGusti Allah wis nimbali kowé kabèh

KOLOSE 3.16–21 14

kadadèkaké badan siji. Padha saosasukur.16 Injilé Sang Kristus tansah anaaing atimu kanthi lubèr. Padha wulang-winulanga lan wuruk-winurukana klawankawicaksanan ing sasampurnané. Padhangrepèkna Masmur, kidung lan kidungkasukman; padha mujia marang GustiAllah klawan saos sukur ana ing atimu.17Sadhéngah prekara sing koklairakésrana tembung utawa penggawé, kuwikabèh lakonana atas asmané Gusti Yésuskambi saos sukur marang Gusti AllahSang Rama lantaran Panjenengané.18Para wong wadon, padha sumuyudamarang somahmu, kaya samesthiné anaing brayat Kristen.19Para wong lanang, bojomu padhatresnanana lan aja pisan-pisankokkasari.20Bocah-bocah! Kuwajibanmu dadibocah Kristen iku tansah mbangun-turut marang wong tuwamu, awitsing mengkono mau gawé renaningpenggalihé Gusti Allah.21Para wong tuwa, aja padha gawélarané atiné anak-anakmu, supaya ajapadha semplah.

KOLOSE 3.22–4.2 1522Para batur-tukon, ing sadhéngahprekara kowé padha manuta marangbendaramu kadonyan, aja mung yènlagi ditunggoni, supaya olèh pengalem,nanging krana saka éklasing ati, mergasaka enggonmu wedi marang GustiAllah.23Lan apa waé sing koktindakaké,tindakna klawan legawaning ati, kaya-kaya kowé lagi nyambut-gawé kagemGusti, ora kanggo manungsa.24Ngertia yèn Gusti bakal ngganjarkowé. Kabèh sing wis kacadhangakédéning Gusti Allah marang para umaté,iya bakal diparingaké marang kowé.Sebab sejatiné bendaramu sing sejatikuwi Sang Kristus piyambak.25Wong sing keluputan, bakal nyanggakeluputané, sebab Gusti Allah oramawang wong.

41Para bendara, padha tumindakasing bener lan sing adil marang para

baturmu. Élinga yèn kowé dhéwé ugaduwé bendara ana ing swarga.2Sing tegena enggonmu ndedonga.Lan sajroné nindakaké mengkono padha

ategen: tekun (bhs. Ind.).

KOLOSE 4.3–9 16

diwaspada kanthi saos sukur marangGusti Allah.3Lan aku iya padha dongakna, supayaGusti Allah maringi wewengan sing becikmarang aku kanggo ngabaraké Injil,sarta medharaké wewadiné Gusti Allah,yaiku bab Sang Kristus. Iya prekara kuwising njalari aku saiki dikunjara.4Aku padha dongakna supaya bisanjlèntrèhaké wewadi mau kanthigamblang.5Srawunga karo wong-wong sing oraprecaya kanthi kawicaksanan; saben anawewengan pigunakna sing becik.6Tembungmu kudu sing sedhepdirungokaké, sarta isi prekara sing preludigatèkaké déning wong, lan kowé iyakudu bisa awèh wangsulan sing benermarang saben wong.7Sedulur kita kang kinasih, Tikhikuswong sing setya lan kanca kita nyambut-gawé kagem Gusti, bakal nyritakakékaananku kabèh marang kowé.8Mulané dhèwèké dakkongkonmenyang panggonanmu, kanggonggedhèkaké atimu.9Tikhikus dibarengi Onésimus, sedulurkang kinasih lan setya, sing asalé saka

KOLOSE 4.10–13 17

ing antaramu. Sedulur-sedulur maubakal padha nyritakaké apa waé singkelakon ana ing kéné marang kowé.10Aristarkhus, sing dikunjara barengkaro aku, kirim salam marang kowé,mengkono uga Markus, nak-sanakéBarnabas. (Kowé wis padha diwelingsupaya nampani dhèwèké samasa tekanenggonmu.)11Yésus, sing karan Yustus, uga kirimsalam marang kowé. Mung telu kuwiwong Yahudi sing wis precaya, singnyambut-gawé bebarengan karo aku,nindakaké pakaryané ing Kratoné GustiAllah. Wong-wong kuwi dadi pitulungangedhé tumrapé aku.12Salam saka Épafras, wong sing asaléuga saka enggonmu, sing dadi abdinéGusti Yésus Kristus. Épafras tansahndongakaké kowé kabèh klawan tegen.Panyuwuné marang Gusti Allah, supayakowé dadia teguh, yakin temenan, sartambangun-turut marang Gusti Allah.13Aku dhéwé sing neksèni enggonésregep nyambut-gawé kanggo kowé, lankanggo wong-wong ing Laodikia sartaing Hiérapolis.

KOLOSE 4.14–18 1814Dhokter Lukas kang kinasih lanDhémas padha kirim salam marangkowé.15Salamku marang para sedulur ingLaodikia; marang Nimfa lan marangpasamuwan, sing padha kumpulan anaing omahé.16Sawisé layang iki diwaca, udinensupaya uga diwaca déning pasamuwanLaodikia. Lan mengkono uga layangsing dikirim déning pasamuwan Laodikiamarang kowé, wacakna.17Déné Arkhipus kandhanana supayangrampungaké kuwajibané kagem Gusti.18Salam saka aku, Paulus. Layang ikidaktulis dhéwé. Lan aja lali yèn aku isihana ing pakunjaran! Sih-rahmaté GustiAllah nunggila karo kowé. Saka akusekloron, Paulus lan Timotius

1 Tesalonika

11Layang saka Paulus, Silas lanTimotius. Tumekaa marang para

wargané pasamuwan ing kuthaTésalonika, iya para umaté Gusti AllahRama kita lan Gusti Yésus Kristus.Gusti Allah maringana sih-rahmat lankatentreman marang kowé kabèh.2Aku tansah padha saos sukur marangGusti Allah merga kowé kabèh, sartakowé tansah padha dakélingi ana ingpandongaku.3Awit samasa aku padha ndedongamarang Gusti Allah, Rama kita,aku tansah padha kèlingan marangenggonmu ngecakaké precayamusedina-dina, penyambut-gawému singora ngétung kesel merga katresnanmu,lan sentosaning pengarep-arepmumarang Gusti Yésus Kristus.4Para sedulur, aku padha ngerti, yènGusti Allah nresnani kowé lan milih kowédadi kagungané.5Awit biyèn enggonku padha ngabarakéInjil marang kowé, ora mung nganggo

1 TESALONIKA 1.6–9 2

tembung waé, nanging uga nganggopangwasa lan Sang Roh Suci. Apamenèh nganggo ngantepi bebeneransing dakwartakaké. Kowé dhéwé padhaweruh bab uripku nalika aku padhaana ing antaramu; kabèh mau murihbecikmu.6Kowé wis padha nulad marang akulan nulad Gusti Yésus Kristus. Senajankowé padha nemahi sangsara gedhé,éwasemono kowé padha nampanipawartané Injil mau kanthi kabungahan,sing pinangkané saka Sang Roh Suci.7Srana mengkono kowé padha dadiconto tumraping para wong precayasing ana ing tanah Makédonia lan tanahAkhaya kabèh.8Awit pawarta bab Gusti kuwisumebaré nganti tekan tanah Makédonialan Akhaya iya merga saka kowékabèh. Malah ora mung tekan semono,sebab kabar bab pengandelmu marangGusti Allah kuwi wis sumebar tekanngendi-endi. Mulané aku kabèh wis oraprelu kandha apa-apa menèh.9Wong-wong kuwi kabèh padhanyritakaké bab enggonmu padha ninggalsakèhing brahala, banjur ndhèrèk Gusti,

1 TESALONIKA 1.10–2.4 3

sarta ngabekti marang Gusti Allah kanggesang lan nyata.10Wong-wong mau uga padhangandhakaké bab enggonmu ngarep-arep marang rawuhé Kang Putra sakaswarga, yaiku Gusti Yésus, sing wisdiwungokaké saka ing séda, lan singngluwari kita saka bebenduné GustiAllah, sing bakal kelakon.

21Para sedulur, kowé dhéwé padhangerti, yèn enggonku nekani kowé

kuwi ora muspra.2Kowé padha weruh enggonku wispadha dianiaya lan digawé sewenang-wenang ana ing kutha Filipi, yakuwisadurungé aku nekani kowé ing kuthaTésalonika kéné. Éwasemono GustiAllah maringi kekendelan marang akusupaya ngabaraké Injil sing pinangkanésaka Gusti Allah piyambak marangkowé, senajan nalika semono akèh singnglawan.3Sing padha dakwartakaké marangkowé kuwi dudu penasaran utawa ngemumaksud sing ora bener. Aku uga padhaora arep ngapusi.4Malah aku martakaké apa singdikersakaké déning Gusti Allah, sebab

1 TESALONIKA 2.5–9 4

Panjenengané wis nganggep akupantes kapasrahan ngabaraké Injil,mulané aku padha ora arep ngénakiatiné manungsa, nanging ngarah gawérenaning penggalihé Gusti Allah, kangnètèr kejujuraning sedyaku.5Kowé padha ngerti dhéwé, yènenggonku nekani kowé padha oranganggo tembung manis utawa tembunglamis, kanggo ngumpetaké wataksrakah. Gusti Allah sing neksèni.6Aku padha ora golèk alemmu dadiasaka kowé utawa wong liyané. Senajanaku merga dadi rasulé Sang Kristusduwé wewenang kaya mengkono.7Sarèhné dadi rasul-rasulé SangKristus aku padha wenang njalukapa-apa marang kowé, nanging nalikaaku ana ing tengahmu patrapku sarèh,kaya ibu marang anak-anaké.8Merga saka tresnaku marang kowé,aku ora mung sumedya mènèhaké Injilsing saka Gusti Allah marang kowé waé,nanging malah tekan nyawaku pisan.Aku padha tresna banget marang kowé!9Kowé mesthi iya kèlingan, parasedulur, bab enggonku padha nyambut-gawé ora ngétung kesel! Aku padha

1 TESALONIKA 2.10–13 5

nyambut-gawé rina wengi, supaya akupadha ora ngrépoti kowé, sajroné akupadha ngabaraké Injilé Gusti Allah.10Kelakuanku ana ing tengahmu resik,bener lan tanpa cacad. Kowé padhadadi seksi-seksiné, mengkono uga GustiAllah.11Kowé padha weruh tangkepkumarang saben wong ing tengahmu, kayabapak marang anak-anaké dhéwé.12Kowé padha dakbombong, daklipurlan dakwanti-wanti, supaya uripmupadha gawé renaning penggalihé GustiAllah, sing wis nimbali kowé ndhèrèkana ing Kratoné Allah lan ngrasakakékaluhurané.13Kejaba kuwi ana sebab liyané menèhsing njalari aku tansah padha saos sukurmarang Gusti Allah. Yakuwi enggonmupadha nampani Injilé Gusti Allah, singdakwartakaké, padha koktampaniora kaya pawarta saka manungsa,nanging kaya pangandikané Gusti Allahpiyambak. Lan kuwi pancèn iya kudumengkono; sebab Gusti Allah makaryaana ing kowé, sing padha precayamarang Gusti Yésus Kristus.

1 TESALONIKA 2.14–18 614Para sedulurku, kowé padha ngalamiprekara-prekara sing uga dialami déningpara pasamuwané Gusti Allah singana ing tanah Yudéa. Kowé uga padhangalami disiya-siya déning bangsamudhéwé, kaya wong-wong Kristen ingtanah Yudéa enggoné disiya-siya déningwong Yahudi,15 sing nyédani Gusti Yésus, paranabi lan uga nguya-uya aku kabèh.Wong-wong mau banget enggoné padhanatoni penggalihé Gusti Allah! Mengkonouga saben wong padha dimungsuh.16Malah padha ngalang-alangienggonku ngabaraké Injil sing bisagawé slameté bangsa-bangsa kapir.Kuwi penggawéné dosa sing katog,sing tansah padha dilakoni déningwong-wong mau. Mulané saiki padhaketaman bebenduné Gusti Allah!17Tumraping aku, para sedulur, barengpisah sawetara mangsa karo kowé— pisah ora tumraping batin, mungtumraping badan — aku padha kangenkaro kowé. Aku ngudi bisané ketemukaro kowé menèh!18Aku padha kepéngin bali mrono. Aku,Paulus, ora mung lagi sepisan nyoba

1 TESALONIKA 2.19–3.4 7

arep bali menyang enggonmu, nangingtansah dialang-alangi déning Iblis.19Sebab iya mung kowé sing dadikekudanganku, kabungahanku, lansing gawé mongkoging atiku anaing ngarsané Gusti Yésus, samasaPanjenengané rawuh.20Satemené kowé sing padha gawémongkog lan bungahing atiku!

31Wusana aku padha ora betahngampet kangenku. Mulané luwih

becik aku kèri dhèwèkan ana ing kuthaAténa,2 sarta kongkonan Timotius, sedulurkita lan kanca nyambut-gawé kagemGusti Allah, sing bebarengan karoaku ngabaraké Injilé Sang Kristus.Timotius dakkongkon mbiyantu kowé lannyantosakaké atimu lan precayamu,3 supaya ana ing antaramu aja anawong sing murtad merga ora tahan ingpanguya-uya. Kowé dhéwé ngerti yènpanguya-uya sing mengkono kuwi wisdadi kersané Gusti Allah tumrap kita.4Nalika isih ana ing tengahmu akuwis kandha, yèn kita bakal ngalamipanguya-uya; lan kaya sing kokngertèni

1 TESALONIKA 3.5–9 8

dhéwé, iya kuwi sing saiki kelakontemenan.5Mulané sarèhné wis ora sabar, akukepeksa kongkonan Timotius, supayaaku sumurup kepriyé kaananmu.Kuwatirku, mbok-mbok kowé kagodhadéning Iblis, nganti pegawéanku ana ingtengahmu muspra.6Saiki Timotius wis bali tekan enggonkumenèh, saka enggoné niliki kowé lannggawa kabar sing becik bab precayamulan katresnanmu. Timotius crita marangaku, yèn penganggepmu marang akukabèh becik, lan uga enggonmu padhakepéngin ketemu karo aku, kaya dénéenggonku kepéngin ketemu karo kowé.7Mulané, para sedulur, sajronénandhang kasusahan lan kasangsaranakèh, aku padha kalipur déningkabar sing dakrungu bab kaananmu.Precayamu nggedhèkaké atiku.8Bareng krungu yèn kowé padha tetepngantepi Gusti, semangatku pulih.9Saiki kita padha bisa bungah-bungahsarta saos sukur marang Gusti Allahmerga sakèhing kabungahan kang wispadha koktampani ana ing ngarsanéAllah.

1 TESALONIKA 3.10–4.2 910Rina wengi adreng panyuwunkumarang Gusti Allah, supaya diparengakéketemu karo kowé, bisaa muwuhi apasing isih dadi kekuranganing precayamu.11Muga-muga Gusti Allah, Sang Ramapiyambak, lan Gusti Yésus, kersa paringsrana bisané aku niliki kowé!12Lan muga-muga saka kersanéGusti kowé padha tresna-tinresnan,semono uga marang wong kabèh,nganti katresnanmu mau lubèr kayakatresnanku marang kowé!13Srana mengkono Gusti bakalnyentosakaké atimu, lan kowé bakaldadi sampurna lan suci ana ing ngarsanéGusti Allah Sang Rama, yakuwi samasaGusti Yésus rawuh bareng karo wongkabèh sing padha dadi kagungané.

41Wusana para sedulur, kepriyépatrapé urip sing gawé renaning

penggalihé Gusti Allah, padha nirualelakonku, iya kaya patrapé uripmu saikiiki. Lan banget penjalukku marang kowéing asmané Gusti Yésus, padha nindaknakang luwih saka kuwi!2Merga kowé padha ngerti piwulangsing dakwènèhaké marang kowé atasasmané Gusti Yésus.

1 TESALONIKA 4.3–9 103 Iki sing dikersakaké déning Gusti Allahing ngatasé kowé, yakuwi supaya kowésuci lan nyirik laku jina.4Saben wong lanang padha ngepèkawong wadon siji dadi bojoné, lan uripakaro bojoné mau klawan suci lan manutangger-anggering kasusilan.5Aja kaya wong-wong kapir sing orawanuh karo Gusti Allah, sing lakunépadha nuruti derenging hawa-nepsu lanbirahi.6 Ing bab iki aja ana wong singnyalahaké utawa ngapusi seduluré. Kowéwis padha dakélingaké kanthi tandhes,yèn Gusti bakal ngukum wong-wongsing tumindaké kaya mengkono mau.7Gusti Allah ora nimbali kita supayapadha laku rusuh, nanging kersanésupaya kita padha urip klawan suci.8Mulané sing sapa nampik piwulangiki, ora nampik manungsa, nangingnampik Gusti Allah piyambak, sing wismaringaké Rohé kang suci marang kowé.9Aku ora prelu nulis layang marangkowé bab tresna marang para sedulurnunggal precaya. Kowé wis padhadiwulang dhéwé déning Gusti Allah

1 TESALONIKA 4.10–14 11

kepriyé patrapé enggonmu kudutresna-tinresnan.10Lan nyatané wis padha kokcakakémarang para sedulurmu ing satanahMakédonia kabèh. Éwadéné para sedulur,kowé padha dakprayogakaké supayasaya mempenga ing penggawému singkaya mengkono mau.11Padha ngudia urip klawan tentrem;ngurusana prekaramu dhéwé, lanngupayaa rejekimu dhéwé, kaya singdakkandhakaké biyèn.12Srana patrap mengkono kowé bakalkajèn ana ing tengahé wong sing oratunggal precaya. Lan menèh kowé iyabanjur ora gumantung karo wong liyaing bab nyukupi kebutuhanmu.13Para sedulur! Aku kepéngin supayakowé padha ngerti temenan babwong-wong sing wis padha mati, supayaatimu aja sedhih kaya wong-wong singpadha ora duwé pengarep-arep.14Kita padha precaya yèn Gusti Yésuswis séda, sarta wis wungu menèh.Mengkono uga kita precaya, yènwong-wong sing padha precaya marangGusti Yésus, sing wis padha mati, bakal

1 TESALONIKA 4.15–5.1 12

ditunggilaké déning Gusti Allah dadi sijikaro Gusti Yésus.15Piwulangé Gusti Yésus sing arepdakkandhakaké kuwi mengkéné: Ingdina rawuhé Gusti Yésus, kita singisih padha urip iki ora bakal ndhisikiwong-wong sing wis padha mati.16Mbésuk penggedhéné malaékat bakalnguwuh paring dhawuh, lan bakal anaswaraning kalasangkanéa Gusti Allah;banjur Gusti Yésus piyambak bakaltumedhak saka ing swarga. Wong-wongsing precaya marang Gusti Yésus lan wispadha mati, kuwi bakal katangèkakédhisik.17Nuli kita sing isih padha urip, bakalkaklumpukaké kabèh ana ing mégakaro sing mentas padha katangèkakémau, methukaké Gusti ana ing langit.Sebanjuré kita bakal nunggil karo Gustiing selawas-lawasé.18Mulané kowé siji lan sijiné padhanyantosakna precayamu sranapangandika iki.

51Para sedulur, ora ana preluné akunulis marang kowé, bab mangsa lan

wektu kelakoné prekara-prekara mau.

akalasangka: slomprèt.

1 TESALONIKA 5.2–8 132Sebab kowé dhéwé wis padha ngertikanthi cetha yèn Dina rawuhé Gusti kuwitekané kaya maling ing wayah bengi.3Samasa wong-wong padha muni:"Kabèh wis tentrem lan slamet," ingwektu kuwi wong-wong mau ditumpesdadakan! Wong-wong bakal ora bisangoncati babar-pisan, kaya déné wongwadon sing dadakan nglarani arepnglairaké anak.4Nanging kowé, para sedulur, kowépadha ora ana ing pepeteng, lan Dinarawuhé Gusti bakal ora nekani kowékaya patrapé maling.5Kowé kabèh padha ana ing pepadhang,yakuwi ing wayah raina. Kita padha oraurip ana ing pepetenging wayah bengi.6Mulané kita aja padha turu kayawong-wong liyané. Kita kudu padhamelèk lan sing waspada.7Wong turu rak ing wayah bengi. Lanwong mendem enggoné mendem ugaing wayah bengi.8Nanging kita iki padha urip ingwayah raina, mulané kudu padha éling.Padha nganggoa sandhangané perang,yakuwi precaya lan katresnan minangkakeré, pengarep-arep bab keslametan

1 TESALONIKA 5.9–14 14

minangka topong sirah, dadia gegamankanggo nglawan pepeteng.9Gusti Allah enggoné milih kita kuwiora koksupaya kita katempuh ingbebenduné, nanging supaya kita padhaolèh keslametan lantaran Gusti kitaYésus Kristus.10Gusti Yésus séda kanggo kita,supaya mbésuk samasa Panjenenganérawuh, kita padha urip bebarengan karoPanjenengané, senajan ing dina rawuhémau kita isih padha urip utawa wispadha mati.11Mulané kowé padha éling-ingélingnalan padha tulung-tinulunga kaya singkoktindakaké saiki.12Penjalukku marang kowé parasedulur, kowé padha ngajènana wong-wong sing padha nyambut-gawé anaing tengahmu, yakuwi wong-wong singpadha katimbalan nuntun lan memulangmarang kowé.13Ajènana sing temenan lan tresnananamerga saka pegawéan sing padhaditindakaké. Padha sing rukun.14Para sedulur, kowé padha dakwelingsupaya ngélingaké marang wong-wongsing kesèd nyambut-gawé. Wong sing

1 TESALONIKA 5.15–23 15

cilik atiné padha bombongen; singsèkèng padha tulungana, lan padha singsabar.15Aja ana sing males piala, nangingselawasé ngudia nindakaké kabecikanmarang pepadhamu lan marang wongkabèh.16Tansah padha bungaha,17 lan ndedongaa.18Padha saosa sukur ing sadhéngahkaanan. Kaya mengkono kuwi singdikersakaké déning Gusti Allah ana ingpatunggilané Gusti Yésus.19Aja padha nyegah pakaryaning RohéGusti Allah.20Aja padha ngrèmèhaké pawarta-pawarta sing kaparingaké déning SangRoh Suci.21Samubarang titinen; sing becikenggonen.22Padha ngedohana sarupaning piala.23Muga-muga Gusti Allah sing maringikatentreman marang kita, nucèkakékowé ing sasampurnané, sarta ngreksasukma, nyawa lan badanmu supayakalis saka sakèhing keluputan, mbésuksamasa Gusti kita Yésus Kristus rawuh.

1 TESALONIKA 5.24–28 1624Gusti Allah sing nimbali kowé kuwisetya tuhu, mulané kabèh mau mesthibakal kelakon.25Para sedulur, aku kabèh padhadongakna!26Salamku kang suci iki terusnamarang para sedulur.27Penjalukku, atas Asmané Gusti,layang iki wacakna marang para sedulurkabèh.28Sih-rahmaté Gusti kita Yésus Kristusnunggila karo kowé kabèh. Saka akuwong telu, Paulus, Silas lan Timotius

2 Tesalonika

11Layang saka Paulus, Silaslan Timotius, tumekaa marang

warganing pasamuwan ing kuthaTésalonika, iya para umaté Gusti Allah,Rama kita lan Gusti Yésus Kristus.2Muga Gusti Allah Rama kita lan GustiYésus Kristus maringana sih-rahmat lankatentreman marang kowé.3Aku tansah padha saos sukur marangGusti Allah merga saka kowé kabèh,para sedulur. Kuwi wis samesthiné,merga precayamu tansah saya tambah,lan enggonmu tresna-tinresnan uga sayamundhak.4Yakuwi sebabé aku dhéwé mongkogana ing pasamuwan-pasamuwané GustiAllah. Aku padha mongkog tumrapenggonmu padha tetep precaya ana ingsatengahing panganiaya lan kasangsaranrupa-rupa sing kokalami.5 Iya ana ing kéné iki ketitiké, yèn GustiAllah kuwi adil temenan. Merga sakaenggonmu nandhang sangsara kranaGusti Allah kuwi mulané kowé bakal

2 TESALONIKA 1.6–10 2

padha dadi wong sing pantes nampanisakèhing kabegjan ana ing KratonéAllah.6Gusti Allah bakal nindakakékaadilan: Panjenengané bakal nekakakékasangsaran marang wong-wong singpadha nganiaya marang kowé.7Sarta paring panglipur marangkowé sing padha katindhes, mengkonouga marang aku kabèh. Prekara maukatindakaké déning Gusti Allah mbésuksamasa Gusti Yésus tumedhak saka ingswarga karo para malaékaté sing gedhépangwasané,8 lan srana geni murub. Panjenenganéenggoné ngukum wong-wong sing padhaora wanuh karo Gusti Allah lan singpadha nampik Injilé Yésus Gusti kita.9Wong-wong mau bakal nandhangbebenduné Gusti Allah sing langgengminangka paukumané, lan bakal padhadiedohaké saka ngarsané Gusti lan sakakamulyaning pangwasané;10yakuwi ing Dina rawuhé, samasaPanjenengané kamulyakaké déning parakagungané sarta nampani pakurmatansaka wong precaya kabèh. Kowé ugabakal ana ing antarané para kagungané

2 TESALONIKA 1.11–2.2 3

mau, awit kowé wis padha precayamarang Injil sing padha dakwartakakémarang kowé.11 Iya merga saka kuwi aku tansahpadha ndongakaké kowé. Aku padhanyenyuwun supaya Gusti Allah mbangunuripmu, supaya kowé padha dadisembada, cocog karo timbalanmu.Muga-muga srana pangwasané,Gusti Allah njurungi pangudimumarang kabecikan lan nyampurnakaképenggawéné precayamu.12Srana mengkono asmané Gusti kitaYésus Kristus kaluhuraké merga sakakowé, lan kowé uga nampa kaluhuranmerga saka Panjenengané; kuwi kabèhmerga saka sih-rahmaté Allah kita lanGusti Yésus Kristus.

21Bab rawuhé Gusti kita YésusKristus lan bab enggon kita

mbésuk kaklumpukaké tunggal karoPanjenengané, penjalukku marangkowé, para sedulur:2Kowé aja gampang digawé bingungdéning wong sing kandha, yèn Dinarawuhé Gusti kuwi wis cedhak. Bisa ugaana sing ngramalaké utawa mulangaké

2 TESALONIKA 2.3–7 4

mengkono; utawa ana sing kandha yènkuwi mau wis katulis ana ing layangku.3Kowé aja padha kena diapusi déningsapa waé. Sebab Dina rawuhé Gustikuwi ora bakal kelakon sadurungé anapembrontakan sing pungkasan lanmunculé si Manungsa Duraka, yakuwising pinesthi bakal mlebu ing nraka.4Si Manungsa Duraka mau bakalnglawan marang sedhéngah singdisembah déning manungsa lansamubarang sing dianggep Allahdéning manungsa. Si Manungsa Durakakuwi bakal ngluhuraké awaké dhéwéngungkuli sekabèhé, malah bakal mlebuing Pedalemané Allah, sarta ngaku-akuAllah.5Apa kowé padha ora kèlingan, yènkabèh mau wis dakkandhakaké marangkowé nalika aku ana ing tengahmu?6Éwadéné saiki isih ana prekarasing nyegah kelakoné mau, lan kowéwis padha ngerti. Ing wektu sing wiskatemtokaké, si Manungsa Duraka bakalmuncul.7Malah meneng-meneng kadurakanmau saiki lagi tumindak. Nanging

2 TESALONIKA 2.8–13 5

prekara mau kelakoné menawa singnahan wis kasingkiraké.8Si Manungsa Duraka bakal ngétok,lan sarawuhé Gusti Yésus bakal numpeswong mau srana nafasing tutuké, sartasamasa Panjenengané rawuh menèhngagem kamulyané, bakal kasirnakaké.9Si Manungsa Duraka mau bakalteka nganggo pangwasané Iblislan gawé mujijat rupa-rupa sartapretandha-pretandha sing palsu, apadéné kaélokan-kaélokan.10Dhèwèké bakal migunakakésedhéngahing réka daya sing ala tumrapwong-wong sing bakal padha nemukarusakan, merga ora padha gelemnampani lan rumaket marang kayektènsing njalari slameté.11Yakuwi sebabé Gusti Allah ngutusdaya sing nasaraké wong-wong mau,supaya padha precaya marang sing orabener.12Temahan wong-wong sing padha oraprecaya marang kayektèn, lan malahseneng urip ing sajroning dosa, bakalpadha ketaman ing bebendu.13Aku padha kuwajiban tansah saossukur marang Gusti Allah merga kowé

2 TESALONIKA 2.14–17 6

padha dikasihi déning Panjenengané,awit Gusti Allah wis milih kowédadi wong-wong sing bakal nampakeslametan. Srana pangwasané Rohé,lan merga precayamu marang kayektèn,kowé padha kadadèkaké umaté GustiAllah kang suci.14Enggoné Gusti Allah nimbali kowémau lantaran Injil sing dakwartakakémarang kowé. Panjenengané nimbalikowé, supaya kowé padha duwépanduman ing kamulyané Gusti kitaYésus Kristus.15Mulané para sedulur, kowé padhasing bakuh, padha gondhèlana marangsakèhé piwulang sing wis dakwarahakémarang kowé, dadia srana tembung,utawa srana layang.16Muga Gusti Yésus Kristus piyambak,lan Gusti Allah Rama kita ngasihi kita, lanmaringi panglipur sarta pengarep-arepkang langgeng marang kowé ana ingsajroning sih-rahmaté. Panjenenganéngebakana atimu srana kekendelan, lanmaringi kekuwatan marang kowé kanggonindakaké sakèhing prekara kang becikklawan penggawé lan tembung.17 (2:16)

2 TESALONIKA 3.1–6 7

31Sebanjuré para sedulur, akudongakna, supaya pawarta bab

Gusti kita énggal sumebar, lan padhaditampani kaya nalika diwartakakémarang kowé.2Nyenyuwuna uga supaya Gusti Allahngluwari aku kabèh saka penggawénéwong sing ambek siya lan wong ala. Awitora kabèh wong padha precaya marangpawarta mau.3Nanging Gusti kita setya.Panjenengané bakal nyantosakaké kowélan ngayomi kowé saka pangwasanéIblis.4Aku precaya marang Gusti Allah babkaananmu. Aku yakin yèn kowé padhanindakaké pituturku lan bakal nindakakéterus.5Muga Gusti Allah nuntun atimu dadisaya ngerti marang sihé lan padhadiparingi ati sing mantep déning SangKristus.6Para sedulur! Atas Asmané Gusti YésusKristus, kowé padha dakweling, supayapadha ngedohana sedulur-sedulur singkesèd nyambut-gawé, sing padha oramanut marang piwulangku.

2 TESALONIKA 3.7–12 87Kowé dhéwé padha ngerti yèn kowékudu padha nglakoni kaya sing padhadaktindakaké. Nalika aku ana ingtengahmu, aku padha ora kesèd.8Aku padha emoh nampa pawèwèhsaka sapa waé kanthi lelahanan.a

Malah aku rina wengi tansah padhanyambut-gawé klawan rekasa, supayaaku aja padha dadi gawéné wong anaing antaramu.9Enggonku tumindak mengkono mauora merga aku ora wenang njaluksumbangan marang kowé, nangingmerga aku padha kepéngin awèh tuladhamarang kowé, supaya padha koktiru.10Nalika isih ana ing tengahmu aku wistau kandha karo kowé: "Sapa sing oragelem nyambut-gawé, aja mangan."11Pituturku sing mengkono kuwi mergaaku krungu yèn ana ing tengahmu anawong sawetara sing kesèd nyambut-gawé lan gawéné mung ngrusuhiurusané wong liya.12Atas Asmané Gusti Yésus Kristus,wong-wong mau dakélingaké, supayapadha nyambut-gawé lan manganpametuning pegawéané dhéwé.

alelahanan: cuma-cuma (bhs. Ind.).

2 TESALONIKA 3.13–18 913Nanging kowé para sedulur, ajapadha bosen nglakoni penggawé becik.14Bisa uga ing antaramu ana wongsing ora gelem manut karo surasanélayang sing dakkirim iki. Menawa anasing mengkono, wong kuwi singkirana,lan aja koksrawungi, supaya wong mauisin.15Nanging wong mau aja kokanggepmungsuh; malah padha élingna kayadéné sedulur.16Muga Gusti piyambak, tukingkeslametan, tansah maringanakatentreman marang kowé, ingsedhéngah kaanan; Gusti nunggila karokowé kabèh.17Salam saka Paulus! Pérangan ikising nulis aku dhéwé. Saben layangkudaktandhatangani mengkéné iki.18Sih-rahmaté Gusti Yésus Kristusnunggila karo kowé kabèh. Saka akuwong telu, Paulus, Silas lan Timotius

1 Timotius

11Layang saka Paulus, sing sakakersané Gusti Allah dadi rasulé

Gusti Yésus Kristus, Juru Slamet, lanlandhesaning pengarep-arep kita,2 tumekaa marang Timotius, anakkukasukman kang sejati, sing wisdaktuntun nganti precaya marang GustiYésus Kristus. Gusti Allah Sang Ramalan Sang Kristus Yésus, Gusti kita,maringana palimirma, sih-rahmat lankatentreman marang kowé.3Karepku kowé tetepa ana ing kuthaÉfesus, kaya piwelingku marangkowé, nalika aku menyang tanahMakédonia. Sebab ing kutha Éfesusana wong sawetara sing mulangaképiwulang-piwulang palsu. Wong-wongkuwi penggaken,4kandhanana supaya aja padhangudhal dongèng-dongèng lan sarasilahépara leluhur sing ora ana entèké. Kuwimung marakaké padu, lan ora anapaédahé tumrap rancangané Gusti Allah

1 TIMOTIUS 1.5–10 2

bab keslametan kang wis kita sumurupilantaran precaya.5Maksudé piwelingku iki supaya tuwuhakatresnan saka ati kang resik, sakaswaraning ati lan kaprecayan sing murni.6Ana wong sawetara sing wis nyimpanglakuné, banjur kèlu ing omongan singngayawara.a7Karepé padha arep dadi guru Angger-anggeré Torèt, nanging nyatané padhaora ngerti apa sing diomongaké dhéwé,utawa ora paham karo prekara-prekarasing diucapaké lan diyakini mau.8Kita padha ngerti yèn Angger-anggeréTorèt kuwi becik, angger dienggo ingsamesthiné.9Kita kudu éling, yèn angger-anggerkuwi ora dicawisaké kanggo wong-wongsing becik, nanging kanggo wong-wongala, sing padha nampik Gusti Allah, lansing uripé tanpa Gusti Allah; sing matènibapa-biyungé; sing gawéné matèniwong,10 sing laku jina, sing nindakaké jindik,b

sing gawéné nyulik, sing gawéné goroh,sing dadi seksi palsu lan sedhéngah wong

angayawara: tanpa guna.bjindik: homoseks.

1 TIMOTIUS 1.11–14 3

sing nindakaké penggawé-penggawésing cengkah karo piwulang sing bener.11Piwulang sing bener kuwi ana ingInjil, sing dipitayakaké marang aku,supaya dakwartakaké, iya Injil sakaGusti Allah, sing mahamulya lan singAsmané pantes pinuji-puji.12Aku ngaturaké panuwun marangSang Kristus Yésus, Gusti kita, sing wismaringi kekuwatan marang aku, kanggonglakoni pegawéanku. Aku ngaturaképanuwun, merga Panjenenganénganggep aku pantes nindakaképegawéan kuwi lan Panjenengané wisnetepaké aku supaya nglakoni pegawéanmau.13Senajan biyèn Panjenenganédakala-ala, daksiya-siya lan dakgawésawenang-wenang, nanging GustiAllah melasi aku, awit nalika semanaaku ora precaya marang Gusti YésusKristus. Dadi aku ora ngerti apa singdaktindakaké.14Éwasemono Gusti maringaké sih-rahmaté nganti lubèr-lubèr marangaku, sarta aku diparingi precaya lankatresnan, sing saiki padha kita duwèni

1 TIMOTIUS 1.15–18 4

merga enggon kita katunggalaké karoGusti Yésus Kristus.15Tembung iki nyata, wajib ditampalan diprecaya, yakuwi: "Yèn rawuhéSang Kristus Yésus ana ing jagad, arepmitulungi wong dosa supaya slamet."Déné aku iki wong dosa sing ala dhéwé.16Nanging iya merga kaananku singmengkono mau Gusti Allah kersamelasi aku, supaya Sang Kristus Yésusngetingalaké kesabarané ing sakatogésrana enggoné nylametaké aku, wongdosa sing ala dhéwé iki. Lan iki supayadadi conto kanggo wong-wong ingsapungkurku sing padha precayamarang Panjenengané lan kaparinganurip langgeng.17Kagem Panjenengané, Ratulanggeng, kang gesang selawasé lankang ora katon, yakuwi Allah KangMahatunggal. Panjenengané kacaosanasakèhing pakurmatan lan kamulyan ingselawasé. Amin!18Anakku Timotius, kowé dakpasrahikuwajiban iki, cocog karo sing biyènwis kawangsitaké mungguh ing kowé.Tembung-tembung iki dadia gamanmukanggo perang kang utama iki,

1 TIMOTIUS 1.19–2.6 519klawan ngandhemi precayamu lanswaraning batin kang resik. Ana wongsing ora ngrungokaké marang swaraningbatiné, temah ngrusak precayané.20Upamané Himénéus lan Alèksander,sing wis dakpasrahaké marangIblis, supaya padha kapok enggonényenyamah marang Gusti Allah.

21Penjalukku sing dhisik dhéwé,yakuwi supaya pandonga, panyuwun

lan pamuji sokur kasaosna marang GustiAllah kanggo wong kabèh,2kanggo para raja lan para penggedhé,supaya kita bisa urip klawan ayem lantentrem, sajroné nindakaké pangibadahmarang Allah lan tingkah laku sing bener.3 Iya mengkono mau sing becik langawé renaning penggalihé Gusti Allah,Juru Slamet kita.4Awit Panjenengané ngersakakésupaya wong kabèh padha kaslametakélan ngerti bab bebeneran sing sejati.5Awit Gusti Allah kuwi siji lan iyasiji sing ngrukunaké Gusti Allah karomanungsa, yaiku Kristus Yésus.6Panjenengané sing ngurbanakésarirané piyambak kanggo nebusmanungsa kabèh. Kuwi buktiné yèn

1 TIMOTIUS 2.7–11 6

Gusti Allah ngersakaké supaya wongkabèh padha kaslametaké ing wektusing wis katemtokaké.7Lan iya kuwi sing njalari akukatimbalan dadi rasul (utusan) languruné para bangsa kapir, kadhawuhanmartakaké pawarta bab precaya lankayektèn. Aku ora goroh. Aku kandhasanyatané.8Mulané aku kepéngin supaya ingngendi waé wong lanang padhandedonga klawan pasrah marangGusti Allah, ora nganggo nepsu utawabebantahan.9Mengkono uga aku kepéngin supayawong wadon padha presaja lan padhamenganggo sing pantes. Aja nganggotatanan rambut sing néka-néka, utawanganggo rerenggan mas-masan, mutiarautawa sandhangan sing larang-larang.10Nanging menganggoa rerengganarupa penggawé becik, mengkono maupatrapé wong wadon sing ngabektimarang Gusti Allah.11Wong wadon kudu sinau anteng lanandhap-asor.

1 TIMOTIUS 2.12–3.3 712Aku ora nayogyani wong wadonmemulang utawa ngwasani wonglanang; wong wadon kudu anteng.13Sebab sing dititahaké dhisik Adam,banjur lagi Kawa.14Lan iya dudu Adam sing kagodha,nanging wong wadon sing kena inggodha lan nerak angger-anggeré GustiAllah.15Éwadéné wong wadon bakalkaslametaké merga saka enggoné anak-anak, angger wong mau lestari enggonéngantepi precayané, katresnané lankasucèné klawan andhap-asor.

31 "Menawa ana wong sing kepéngindadi panuntuné pasamuwan, kuwi

ateges wong mau seneng nindakaképegawéan sing utama banget." Kuwibener!2Mulané panuntuné pasamuwan monokudu wong sing tanpa cacad, bojonémung siji, bisa mekak pepénginané,wicaksana lan tata-krama; gelem awèhpenginepan marang wong neneka; kudupinter mulang,3ora kena karem ngombé minumankeras, wong sing sarèh, sing sumèh

1 TIMOTIUS 3.4–10 8

lan sing senengé rerukunan. Ora matadhuwiten;4kudu bisa ngerèh brayaté dhéwé,lan nggulawenthah anaké nganti padhanurut lan ngurmati marang dhèwèké.5Awit yèn wong ora bisa ngerèhbrayaté dhéwé, kepriyé bisané ngemongpasamuwané Gusti Allah?6Aja wong sing durung suwé olèhémratobat, supaya aja dadi gumunggung,banjur kena ing paukuman kaya Iblisbiyèn.7Kudu wong sing kajèn ing sanjabanépasamuwan, supaya wong mau ajadirèmèhaké déning wong, banjur tibaing kalaning Iblis.8Para juru tetulunging pasamuwaniya kudu wong sing wataké becik lansing jujur; ora kena wong sing senengminuman keras utawa karem bandha.9Wong-wong mau kudu ngandhemipiwulanging pasamuwan, manutprenatané Gusti Allah. Lan kudu dilakoniklawan ati sing resik.10Wong-wong kuwi kudu ditètèr dhisik,lan yèn wis ketitik becik, lagi olèh miwitipegawéané.

1 TIMOTIUS 3.11–16 911Bojoné juru-tetulung mau iya kuduwong sing wataké becik, ora dhemennyatur pialané wong liya; kudu mekakpepénginané lan jujur ing sedhéngahprekara.12 Juru-tetulung uga kudu wong singbojoné siji lan bisa ngerèh anak-anakélan brayaté dhéwé.13Wong-wong sing enggoné leladibecik kuwi ana ing pasamuwan kajèn,temahan saya kendel enggoné nglairaképaseksi bab precayané marang GustiYésus Kristus.14Layang iki daktulis kanggo kowé,senajan aku kepéngin énggal teka dhéwélan ketemu karo kowé.15Preluné saupama tekaku ngantikasèp, saka layang iki kowé wis bisangerti kepriyé kuduné tangkep kitaana ing brayaté Gusti Allah, yakuwipasamuwan kagungané Gusti Allah kangsipat gesang. Pasamuwan kuwi dadisaka lan dadi dhasaré kabeneran.16Kabèh wong ngakoni yèn pangibadahkita iki ngemu wewadi gedhé banget,cethané mengkéné: "Gusti Yésusngetingal awujud manungsa, kaleresanésineksènan déning Sang Roh Suci,

1 TIMOTIUS 4.1–4 10

lan disumurupi déning malaékat.Panjenengané kawartakaké marang parabangsa, ditampa klawan precaya déningjagad lan wis sinengkakaké menyangswarga."

41Sang Roh Suci wis ngandika klawancetha, yèn ing tembé bakal ana

wong sawetara sing padha murtad;wong-wong mau bakal padha kèlu karoroh-roh dora-carac lan nganut piwulangésétan-sétan.2Piwulang-piwulang mau asalé sakapambujuké wong-wong goroh, lan sakawong-wong sing swaraning batiné wismati.3Padha menging kita supaya ajajejodhoan, lan nyirik panganan iki utawakuwi. Nanging Gusti Allah maringaképangan rupa-rupa mau supaya dipangandéning wong-wong precaya sing wiswanuh marang kayektèn sing sejati,mulané padha saos sukur.4Awit samubarang sing dititahakédéning Gusti Allah kuwi becik, ora anasiji waé sing karam. Mulané samubarangkudu ditampani kanthi saos sukur,marang Gusti Allah.

cdora-carah: goroh.

1 TIMOTIUS 4.5–10 115Awit kabèh mau wis disucèkaké déningpangandikané Gusti Allah lan déningpandonga.6Menawa prekara-prekara maukokwulangaké marang para sedulur,kowé padha dadi abdiné Sang KristusYésus sing utama. Kaya déné uripkasukmanmu dhéwé iya kasantosakakésrana pangandikané Gusti Allah lansrana piwulang sejati sing wis kokanuttekan sepréné.7Singkirana gugontuhon, awit kuwi orapatut digunem. Awakmu gulawenthahensupaya uripmu kaya sing dadi kersanéGusti Allah.8Latihaning badan paédahé mungsawetara, nanging panggulawenthahébatin kuwi maédahi ing sadhéngahprekara, ndadèkaké beciking urip kita,saiki lan mbésuk ing akérat.9 Iki pepéling sing bener, lan wajibdigatèkaké lan diugemi sing temenan.10 Iya merga saka kuwi kita padhamersudi lan nyambut-gawé pethel,sebab aku padha ngendelaké marangGusti Allah kang sipat gesang, kang dadiJuru Slameté wong kabèh, luwih-luwihtumrapé wong sing precaya.

1 TIMOTIUS 4.11–16 1211Prekara-prekara mau konen mersudising temenan lan wulangna.12Aja ana wong sing ngrèmèhakékowé merga enggonmu isih enom,nanging kowé dadia tuladha tumrappara wong precaya, iya pitembunganmu,kelakuanmu, katresnanmu, precayamulan resiking atimu.13Wektumu enggonen macakaké KitabSuci ana ing satengahing pasamuwan lanenggonen memulang tuwin memuruk,nganti satekaku.14Udinen supaya peparing kasukmansaka Gusti Allah marang kowé oramuspra, yakuwi sing kaparingakémarang kowé, lantaran pangandikanépara nabi lan katetepaké sranatumpangan tangan déning parapinituwa.15Prekara-prekara mau tindaknalan gatèkna sing temenan. Supayakemajuanmu kasumurupan déning wongkabèh.16 Jaganen awakmu dhéwé, lan jaganenpiwulangmu. Terusna enggonmunindakaké kuwi mau kabèh, awityèn kowé tumindak mengkono, kowébakal nylametaké awakmu dhéwé lan

1 TIMOTIUS 5.1–5 13

wong-wong sing padha ngrungokakémarang piwulangmu.

51Wong sing luwih tuwa tinimbangkowé, aja koksrengeni, nanging

wong mau anggepen bapakmu dhéwélan ajaken rembugan. Para nonomananggepen sedulur-sedulurmu,2wong wadon sing luwih tuwa anggepenibumu lan wong-wong wadon sing luwihenom anggepen adhimu, kanthi ati singresik.3Wong-wong wadon sing pancènrandha temenan padha ajènana.4Nanging randha sing duwé anaklan putu, para anak lan putunémau kudu koksinaoni nindakakékuwajibané tumrap brayaté dhéwéing bab pangibadah, lan kuwajibanmales kabecikané wong tuwané lanmbah-mbahé. Sing mengkono mau gawérenaning penggalihé Gusti Allah.5Nanging wong wadon sing pancènrandha temenan lan ora duwé wongsing ngrumati dhèwèké babar-pisan,kuwi sing diandelaké mung Gusti Allahpiyambak. Rina wengi wong mau tansahndedonga marang Gusti Allah nyuwunpitulungané.

1 TIMOTIUS 5.6–12 146Nanging randha sing uripé mung golèkkasenengan kuwi satemenè wis mati,senajan wong mau isih urip.7Randha-randha padha tuturana kayakandhaku ing ngarep mau, supaya uripétanpa cacad.8Nanging menawa ana wong sing orangrumati seduluré, luwih-luwih brayatédhéwé, wong mau nyélaki precayané lanluwih ala ketimbang karo wong kapir.9Wong randha kena koklebokakédaftaré para randha yèn umuré wissewidak taun, sing mung kawin sepisan,10 tur sing kondhang mergapenggawéné becik; yakuwi sing wisnggedhèkaké anak-anaké kanthi becik,dhangan mènèhi penginepan marangwong neneka, andhap-asor, senengtetulung marang wong kasusahan, lannglakoni sakèhing pegawéan sing becik.11Randha-randha sing isih enom,aja koklebokaké ing daftar mau, awitmenawa wong-wong mau kepénginomah-omah menèh, banjur padhanyingkur marang Sang Kristus,12dadiné padha luput merga nyélaki lanngungkiri janjiné sing sekawit marangPanjenengané.

1 TIMOTIUS 5.13–17 1513Wong-wong mau padha nanjakakéwektuné kanggo mlebu metu omahéwong tanpa nyambut-gawé apa-apa,malah luwih ala menèh, enggonébanjur nyatur wong lan nyampuriurusané wong liya, apa menèh nggunemprekara-prekara sing ora mesthinédigunem.14Karepku supaya randha-randha singisih enom kuwi padha omah-omahawaé, karebèn padha duwé anak lanngurusi brayaté dhéwé; supaya ajadadi dhadhakané satru-satru kita padhangala-ala marang kita.15Awit ana randha-randha sing kesasarlan kèlu marang Iblis.16Yèn ana wong Kristen duwésedulur sing wis randha, kuwi kudumbiyantu randha mau, supaya ajadadi momotané pasamuwan. Sranamengkono pasamuwan bisa ngopènirandha-randha sing ora duwé sedulurbabar-pisan.17Para pinituwa sing nyambut-gawédadi panuntun-panuntun sing becik,kuwi kudu dianggep pantes nampanipituwas tikel, luwih-luwih sing nyambut-

1 TIMOTIUS 5.18–22 16

gawé sregep, kayata gawé khotah lanmemulang.18Awit ing Kitab Suci ana pangandika:"Sapi sing kanggo nggiling pari,cangkemé aja dibrangus," lan: "Wongsing nyambut-gawé, pantes nampaniopahé".19Yèn ana pandakwa marang sawijiningpinituwa, aja kokladèni, kejaba yèndiajokaké nganggo seksi loro utawa telu.20Wong sing nglakoni dosa padhawelèhna ana ing ngarepé wong kabèh,supaya wong-wong liyané uga padhawedi.21Kowé dakweling temenan ana ingngarsané Gusti Allah lan Gusti YésusKristus, tuwin para malaékat suci:kandhaku mau lakonana tanpa nganggosujanad marang sapa waé. Sajronénindakaké pegawéanmu, aja nganggopilih kasih.22Aja kesusu netepaké wong dadipeladèn ana ing pakaryané Gustinganggo tumpangan tangan. Aja katut-katut ing dosané wong liya. Awakmujaganen supaya tansah resik.

dsujana: prasangka (bhs. Ind.).

1 TIMOTIUS 5.23–6.3 1723Kowé aja mung ngombé banyu thok,nanging dokokana anggur sethithikkanggo mbiyantu wetengmu, supayakowé ora bola-bali lara.24Ana wong sawetara sing dosanékaton cetha, senajan durung ditetepakédéning pengadilan. Nanging sawetarawong liyané ana sing dosané lagi ketitikmbésuk.25Semono uga penggawé becik, kuwigampang kasumurupan, malah senajansing ora katon cetha pisan, meksa orakena didhelikaké.

61Para batur-tukon Kristen kudupadha ngajèni marang bendarané,

supaya asmané Gusti Allah lan piwulangkita aja diala-ala déning wong.2Para batur-tukoné wong Kristenaja ngrèmèhaké bendarané, awitpadha-padha dadi wong Kristen, malahenggoné ngladèni bendarané mau kudusaya luwih becik, sebab bendarané singdiladèni mau iya wong precaya, singwajib koktresnani. Prekara-prekara ikiwarahna lan wulangna.3Sing sapa mulangaké pathokan-pathokaning precaya sing sulaya karopangandikané Gusti kita Yésus Kristus,

1 TIMOTIUS 6.4–9 18

lan sulaya karo piwulangé pangibadahkita,4kuwi wong sing gumedhé, singrumangsané pinter, nanging lugunéora ngerti apa-apa. Wong kuwikepatuh dhemen dhébatan lan èyèl-èyèlan prekara tembung lan kuwinuwuhaké drengki, pasulayan, pitenah,sanggarunggi,5 lan regejegan sing ora uwis-uwis.Wong-wong kuwi padha keblinger,lan ora ngerti prekara sing bener.Pengirané pangibadah mono kanggogolèk kasugihan.6Pangibadah kuwi pancèn marakakéwong dadi sugih, yakuwi samasa wongmau marem karo apa sing diduwèni.7Awit apa ta sing kita gawa menyanging donya iki? Lan apa sing arep kitagawa yèn kita ninggalké donya iki?8Yèn mengkono kanggoné kita rak wiscukup samasa kita wis duwé sandhanglan pangan.9Nanging sing sapa kepéngin dadisugih, bakal kena ing panggodha,lan kepéncut marang prekara-prekarasing tanpa guna lan gawé cilaka, sing

1 TIMOTIUS 6.10–13 19

nyemplungaké manungsa ana ingjuranging karusakan.10Awit karem bandha kuwi uwitingsarupaning piala. Sebab saka enggonémburu dhuwit ana wong sing padhanyimpang saka precayané lan wekasanényiksa awaké dhéwé awujud kasusahanrupa-rupa.11Nanging kowé sing dadi abdiné GustiAllah, prekara-prekara sing mengkonokuwi kabèh singkirana. Ngudia supayaolèh kayektèn, kamursidan, precaya,katresnan, kesabaran lan alusing budi.12Mlayua ngetog karosanmu ana ingpambalapaning iman, lan nggayuhamarang urip langgeng. Sebab iyakanggo urip langgeng kuwi enggonmukatimbalan nalika kowé biyèn ngucapaképangakumu kang becik bab precayamuana ing ngarepé seksi-seksi akèh.13Lan saiki ana ing ngarsané GustiAllah, kang paring urip marangsamubarang kabèh, lan uga ana ingngarsané Sang Kristus Yésus, sing wisngaku dhéwé ana ing ngarsané GubernurPontius Pilatus, kowé dakweling:

1 TIMOTIUS 6.14–18 2014Pituturku iki lakonana lan jaganen,supaya tetep murni tanpa cacad, ngantitekan Dinané Gusti Yésus Kristus rawuh.15Rawuhé bakal kelakon ing wektu singkatetepaké déning Gusti Allah piyambak.Panjenengané dadi pangwasa tunggallan kebak karahayon, Ratuné para ratulan Gustiné para gusti.16Mung Panjenengané piyambakkang asipat gesang, kang dumunungana ing pepadhang kang ora kenadicedhaki déning wong. Ora anawong sing tau lan bisa ndelengPanjenengané. Panjenengané ikukasaosana pakurmatan lan pangwasaing selawasé! Amin!17Wong sing padha sugih bandhakadonyan, pituturana supaya ajagumunggung lan aja padha ngendelakébandha sing ora tetep kaanané mau,nanging padha ngandela marang GustiAllah, sing kanthi loma maringakésamubarang marang kita, supaya padhakita nikmati.18Wong-wong sugih konen nindakakékabecikan, supaya padha sugiha ingpenggawé becik, padha dadia wong sing

1 TIMOTIUS 6.19–21 21

loma, lan gelem migunakaké barangdarbèké bebarengan karo wong liya.19Srana mengkono wong-wong kuwibakal padha nyimpen kasugihan kanggoawaké dhéwé sing dadi dhasar kukuhing tembé. Srana mengkono wong-wongmau bakal padha bisa nggayuh uripsejati.20Timotius! Samubarang sing wisdipitayakaké marang kowé, rumatanasing becik. Singkirana gunem singsebrana lan dhébatan sing tanpa tegesmungguh prekara sing padha diarani"Ngèlmu".21Awit ana wong sing anggepé wisnduwèni ngèlmu, satemah padhanyimpang saka dalaning precaya.Sih-rahmaté Gusti Allah nunggila karokowé kabèh. Saka aku, Paulus

2 Timotius

11Layang saka Paulus, singkatimbalan déning Gusti Allah dadi

rasulé Sang Kristus Yésus, kautusmartakaké prasetyané bab urip anaing patunggilané Sang Kristus Yésus,tumekaa marang Timotius, anakkusing kinasih. Gusti Allah Sang Ramalan Kristus Yésus Gusti kita, maringanasih-rahmat, palimirma lan katentremanmarang kowé.2 (1:1)3Aku saos sukur marang Gusti Allah,sing dakladosi klawan ati sing resik,kaya patrapé para leluhurku dhèk biyèn.Saben-saben aku kèlingan kowé ana ingpandongaku, rina lan wengi, aku banjursaos sukur.4Aku éling marang prihatinmu; mulanéaku kepéngin banget ketemu karo kowé,supaya atiku dadi bungah.5Aku kèlingan precayamu singtulus éklas, ora béda karo precayanéembahmu Lois lan ibumu Éunike’. Akuyakin yèn precayamu uga mengkono.

2 TIMOTIUS 1.6–10 26Mulané kowé dakweling supayakowé sregep nglakoni pegawéan, kangkaparingaké déning Gusti Allah marangkowé, nalika kowé daktumpangi tangan.7Awit Roh sing kaparingaké déningGusti Allah marang kita iki ora marakakékita dadi wong jirih, nanging malahmenuhi kita klawan pangwasa, katresnanlan kekuwatan kanggo ngendhalèni awakkita dhéwé.8Mulané kowé aja isin neksèni Gusti;uga aja isin merga saka aku, singdikunjara. Nanging, mèlua nandhangsangsara, kanggo kepentingané Injil,miturut kekuwatan sing kaparingakédéning Gusti Allah marang kowé.9Panjenengané nylametaké kita lannimbali kita, supaya kita padha dadiumaté; landhesané dudu penggawékita, nanging kersané lan sih-rahmatépiyambak. Sih-rahmat lantaran SangKristus Yésus wis diparingaké marangkita sadurungé jaman iki kawiwitan.10Lan saiki kababaraké marangkita lan lantaran rawuhé Sang JuruSlamet, Kristus Yésus. Panjenenganésing nyirnakaké pangwasané pati, lan

2 TIMOTIUS 1.11–16 3

lantaran Injil Panjenengané medharakéurip sing ora kena ing rusak.11 Iya Gusti Allah sing netepaké akudadi rasul lan guru, supaya ngabarakéInjil.12Lan iya merga Injil kuwi akunandhang kasangsaran iki. Nangingaku isih tetep yakin, awit aku wanuhkaro sapa sing dakprecaya, lan akungerti temenan yèn Panjenenganékwasa ngreksa apa sing wis dipitayakakémarang aku, nganti tekan Dina rawuhéGusti.13Antepana piwulang bener, singdakwulangaké marang kowé, dadia tepatuladha kanggo kowé. Tetepa precayalan tetepa enggonmu nresnani ana ingpatunggilané Sang Kristus Yésus.14 Jaganen prekara-prekara beciksing wis dipitayakaké marang kowélantaran pangwasané Sang Roh Sucikang dedalem ana ing kita.15Kowé wis ngerti yèn wong kabèhing tanah Asia Cilik wis padha nyingkurmarang aku, klebu uga Figelus lanHérmogènès.16Muga Gusti maringana sih-rahmatmarang brayaté Onésiforus, merga

2 TIMOTIUS 1.17–2.5 4

dhèwèké kerep nglipur aku. Dhèwèkéora isin niliki aku ana ing pakunjaran.17Satekané ing kutha Rum dhèwèkéterus nggolèki aku nganti ketemu.18Muga Gusti ngganjar sih-rahmatmarang Onésiforus, ana ing Dina rawuhéGusti. Lan kowé dhéwé iya ngerti sepiragedhéning pitulungané Onésiforus maumarang aku ana ing kutha Éfesus.

21Mulané, kowé anakku, dibakuhlantaran sih-rahmaté Gusti Allah ana

ing patunggilan kita karo Sang KristusYésus.2Tembungku sing kokrungu ingpiwulangku ana ing ngarepé para seksiakèh kaé gatèkna lan pitayakna marangwong-wong sing kokprecaya, yakuwiwong-wong sing bisa mulangaké babmau marang wong liya.3Padha mèlua nandhang sangsara dadiprejurité Sang Kristus Yésus.4Prejurit sing lagi nglakoni ayahanékuwi kepéngin gawé senengé atinékomandhané, lan ora ngurusi prekara-prekara liya.5Olahragawan sing mlayu ana ingbalapan ora bisa dadi juwara yèn oranetepi prenatané balapan.

2 TIMOTIUS 2.6–12 56Wong tani sing nyambut-gawémempeng, kuwi sing kudu olèhpanduman dhisik dhéwé saka panènané.7Gatèkna kandhaku iki, awit Gustibakal maringi pangerti marang kowé babapa waé.8Ngèlingana marang Gusti Yésus,sing wis kawungokaké saka ing séda;Panjenengané kuwi tedhaké Sang PrabuDawud, kaya sing diwulangaké déningInjil, sing dakwartakaké.9Merga saka enggonku martakaké Injilmau, aku saiki nandhang sangsara,lan aku diranté kaya durjana. Nangingpangandikané Gusti Allah ora kenadiranté.10Lan iya merga saka kuwi, sakèhinglelakon iki daksangga klawan sabarkanggo umat pilihané Gusti Allah, supayawong-wong mau iya padha nampananakamulyan langgeng sing ana ing SangKristus Yésus.11Pancèn bener pangandika ing KitabSuci sing mengkéné: "Yèn kita matibareng karo Panjenengané, kita ugabakal urip bareng karo Panjenengané.12Menawa kita padha tahan, kita bakalndhèrèk ngerèh karo Panjenengané.

2 TIMOTIUS 2.13–18 6

Menawa kita nyélaki Panjenengané, kitaiya bakal disélaki déning Panjenengané.13Menawa kita ora setya, Panjenenganétetep setya, awit Panjenengané ora tausulaya karo sarirané piyambak."14Wong-wongmu padha tuturana, lanpadha élingna ana ing ngarsané GustiAllah, supaya aja padha regejegan mungprekara tembung-tembung. Kuwi oraana paédahé, malah mbubrah pikiranéwong sing padha ngrungokaké.15Padha ngudia sakatogé supaya olèhpengalem saka Gusti Allah, dadi abdising ora isin nglakoni pegawéané, yakuwimènèhaké piwulang bab prekara singbener, sing sejati saka Gusti Allah.16Singkirana omongané wong singbodho lan tanpa teges, sing malah mungnekakaké piala.17Piwulangé wong-wong mau padhakaya lelara sing nggrogoti daging; kayatapiwulangé Himénéus lan Filétus.18Wong-wong mau wis padha nyimpangsaka dalan sing bener lan saiki lagi gawébingungé wong precaya sawetara, sranapiwulangé, yèn petangèné wong matikuwi wis kelakon.

2 TIMOTIUS 2.19–23 719Nanging dhasaring pakaryané GustiAllah kuwi kukuh, ora bisa goyah.Lan iki tembung sing katulis ana ingsandhuwuré dhasar mau: "Gusti pirsawong-wong sing dadi kagungané," lan:"Sing sapa ngaku dadi kagungané Gusti,kuwi kudu nyingkiri penggawé ala."20 Ing sajroning omah sing gedhékuwi praboté rupa-rupa; ana singdigawé saka slaka, ana sing sakaemas; ana menèh sing digawé sakakayu lan lempung; ana sing dienggokaperluan-kaperluan istiméwa, ana singkanggo kaperluan-kaperluan lumrah.21Menawa wong ngresiki awaké sakasarupaning piala, wong mau bakaldiagem nindakaké prekara-prekara singmulya, sing maédahi marang Gustiné.Wong mau samekta diagem nindakaképegawéan sing utama.22Mulané nyingkirana watak-wantunéwong nom, lan ngudia marangkamursidan, kaprecayan, katresnanlan katentreman, bebarengan karowong-wong sing klawan ati sing resiknyuwun pitulungané Gusti.23Nanging dhébatan sing tanpa tegeslan tanpa dhasar kuwi singkirana; awit

2 TIMOTIUS 2.24–3.3 8

kowé ngerti yèn kabèh mau wekasanémung nuwuhaké padu.24Abdiné Gusti mono ora kenakerengan, malah kudu sumanak karowong kabèh, pinter memulang lan sabar.25Lan bisa melèhaké wong kanthialus; mbokmenawa srana mengkonoGusti Allah paring kelonggaran marangwong-wong mau dadi mratobat lanwanuh marang prekara sing bener.26Sarta banjur padha éling menèhlan oncat saka kalaning Iblis, sing wisnjiret wong-wong mau supaya nurutikekarepané.

31Padha élinga, yèn ing dina-dinawekasan bakal ana kasusahan

sapirang-pirang.2Wong bakal padha mikiraké awakédhéwé lan karem bandha; bakal padhagumunggung lan dhemen goroh. Bakalpadha seneng mitenah lan brontakmarang wong tuwané; padha ora duwépanarima lan ora merduli marangpangibadah.3Ora padha sumanak, malah padhaambek siya; seneng ngala-ala wongliya, sarta seneng tumindak kasar lantegelan. Padha sengit marang kabecikan.

2 TIMOTIUS 3.4–9 94Seneng cidra, ora sabaran lankumenthus. Wong-wong mau bakalpadha luwih nengenaké kasenenganketimbang karo ngabekti marang GustiAllah.5Padha seneng nglakoni sarakingagama mung tata lairé, nanging nampikpaédahé agama mau sing satemené.Wong-wong mau singkirana.6Ana sawetara sing wis padhamlebu-metu omah-omah nedya mbujukwong-wong wadon sing padha rumangsakabotan dosa lan padha kabereg déninghawa-nepsu rupa-rupa.7Yakuwi wong-wong wadon sing padhakepéngin sinau bab prekara sing bener,nanging ora tau nggayuh bab mau.8Kaya Yanes lan Yambres sing padhanglawan marang Nabi Musa biyèn,mengkono uga wong-wong mau padhanglawan marang kayektèn — yakuwiwong-wong sing pikirané wis rusak lanwis murtad saka precayané.9Nanging wong-wong iki ora bakal anakaundhakané, jalaran kabèh wong wispadha ngerti bodhoné, ora béda karolelakon sing dialami déning Yanes lanYambres mau.

2 TIMOTIUS 3.10–15 1010Nanging kowé wis nampanipiwulangku, wis ngerti kelakuanku lantujuning uripku. Kowé wis namataképrecayaku, kesabaranku, katresnanku,ketabahanku.11Kowé wis nyipati dhéwé enggonkudianiaya lan disangsara. Kowé wisnyipati dhéwé kabèh sing wis kelakontumraping aku ana ing kutha-kuthaAntiokia, Ikonium, lan Listra, yakuwipanganiaya-panganiaya nggegirisi singwis dakalami. Nanging Gusti wis ngluwariaku saka kuwi mau kabèh.12Kabèh wong sing ngabekti lannunggil karo Sang Kristus bakal ngalamidianiaya,13nanging wong ala lan wong dhemencidra malah bakal saya ndadra enggonénglakoni piala, padha ngapusi, nangingiya diapusi.14Nanging kowé, Timotius, tetepanggondhèli kabeneran sing wiskoktampani lan kokyakini. Kowé ngertisapa guru-gurumu biyèn.15Lan élinga yèn wiwit cilik kowé wiswanuh karo Kitab Suci, sing marakakékowé olèh kawicaksanan lan nuntun

2 TIMOTIUS 3.16–4.3 11

kowé marang keslametan lantaranprecaya marang Gusti Yésus Kristus.16Kabèh isining Kitab Suci kuwidiwangsitaké déning Gusti Allah lanmaédahi kanggo mulang bab sing bener,melèhaké sing luput, mbeneraké singkliru, lan mulang marang manungsa baburip sing nyondhongi karo kersané GustiAllah.17Supaya srana Kitab Suci mau, wongsing ngladosi Gusti Allah dilatih landipraboti, sarta padha bisa nglakonisedhéngah pegawéan sing becik.

41Gusti Yésus Kristus bakal rawuhmenèh, jumeneng hakim, ngadili

wong sing urip lan wong sing wismati. Panjenengané bakal nindakakéPepréntahané. Mulané banget penjalukkumarang kowé,2ngabarna Injil, ora preduli wongsing kokkabari gelem ngrungokaké apaora. Wong padha kandhanana, padhawelèhna, lipuren lan wulangen kanthisabar.3Bakal ana mangsané wong padhaora betah ngrungokaké piwulangsing bener. Wong-wong mau bakalpadha nuruti nepsuné dhéwé lan

2 TIMOTIUS 4.4–8 12

nglumpukaké guru-guru, sing gelemmulang bab prekara-prekara singkepénak dirungokaké ing kupingé.4Wong-wong mau bakal ngingerakékupingé saka piwulang sing bener,lan milaur ngrungokaké marangdongèng-dongèng.5Nanging kowé kudu padha ngendhalèniawakmu dhéwé ing sedhéngah kaanan,sing sabar ing sajroning kasangsaran.Injil wartakna, lan kabèh kuwajibanmutindakna krana enggonmu dadi abdinéGusti Allah.6Déné aku, saiki wis tekan titimangsané enggonku dadi kurban kagemGusti. Wis tekan wayahé aku ninggalakédonya iki.7Aku wis mlayu ngetog karosankusajroning balapan, saiki playuku wistekan garis wekasan, aku wis menangenggonku ngantepi precaya.8Lan saiki tandha kemenangan wisdisedhiyakaké kanggo aku, yakuwimakuthaning kabeneran, sing bakalkaparingaké déning Gusti, Hakim KangAdil, marang aku, ana ing Dina Kiamat.Lan ora mung aku dhéwé, nanging

2 TIMOTIUS 4.9–14 13

sakèhing wong sing padha nganti-antikanthi tresna marang rawuhé Gusti.9Ngudia supaya kowé énggal teka ingpanggonanku.10Démas wis ninggal aku, awit senengkaro donya iki; saiki dhèwèké lungamenyang kutha Tésalonika. Kreskeslunga menyang tanah Galatia lan Titusmenyang Dalmatia.11Kari Lukas sing isih ana ing kéné.Markus pethuken lan jaken mrénébareng karo kowé, awit Markus bisanyambut-gawé mbiyantu aku ana ingpegawéanku.12Aku wis ngirim Tikhikus menyangkutha Éfesus.13Yèn kowé mréné jubahku singdaktinggal ana ing kutha Troas, ingomahé Karpus, gawakna. Buku-bukugawanen pisan. Déné sing prelu dhéwésing ditulis ana ing wlulanga kaé.14Alèksander, tukang tembaga kaé,wis nindakaké piala akèh marang aku.Dhèwèké bakal diwales déning Gustimanut penggawéné.

awlulang: perkamèn.

2 TIMOTIUS 4.15–21 1415Kowé dhéwé sing waspada marangwong kuwi, sebab banget enggonénglawan piwulang kita.16Nalika aku diajokaké ing pengadilansing kapisan, ora ana wong siji-sijia singmbélani aku ngaturaké penjawab. Kabèhwis padha ninggal aku. Muga-mugawong-wong mau padha diapura déningGusti Allah.17Nanging Gusti wis nunggil karo aku.Aku diparingi kekuwatan, nganti aku bisanyritakaké bab Injil ing sasampurnané,lan dirungokaké déning para wong duduYahudi. Aku wis diluwari saka cangkemésinga.18Gusti bakal ngluwari aku uga sakaing sarupaning penggawé ala, lanngasta aku ana ing Kratoné ing swarga.Panjenengané kaluhurna ing selawasé!Amin.19Aku kirim salam marang Priskila lanAkwila lan marang brayaté Onésiforus.20Érastus kari ana ing kutha Korintus,nanging Trofimus daktinggal, lagi laraana ing kutha Milétus.21Kowé ngudia supaya bisa tekan kénésadurungé mangsa bedhidhing. Ébulus,Pudès, Linus, lan Klaudia padha kirim

2 TIMOTIUS 4.22 15

salam, mengkono uga sedulur-sedulurliyané sing padha precaya.22Muga Gusti nunggil karo kowé.Sih-rahmaté Gusti Allah nunggila ingkowé kabèh. Saka aku, Paulus

Titus

11Layang saka aku, Paulus, abdinéAllah lan rasulé Gusti Yésus Kristus.

Aku kapilih lan kautus mbiyantuprecayané umaté Allah kang pinilih; lannuntun umat mau marang prekara singbener manut piwulangé kaprecayan kita.2Piwulang mau alandhesan pengarep-arep marang urip langgeng. GustiAllah, kang setya wis njanjèni baburip langgeng kuwi, sadurungé jamankawiwitan.3 Ing wektu kang dikersakaké,Panjenengan wis medharaké janjiné mauana ing Injil, sing dipitayakaké marangaku. Lan aku martakaké Injil mau atasdhawuhé Gusti Allah, Juru Slamet kita.4Tumekaa marang Titus, anakkukasukmana kang tunggal precayamarang Gusti Yésus Kristus. Muga-mugaAllah Sang Rama lan Kristus Yésus, JuruSlamet kita, maringana sih-rahmat lankatentreman marang kowé.

akasukman: karohanèn: cara rohani.

TITUS 1.5–9 25Enggonku ninggal kowé biyèn anaing pulo Kréta kaé, supaya kowéngrampungaké prekara-prekara singisih prelu ditandangi. Uga supaya kowénetepaké pinituwa-pinituwa ana ingsaben kutha. Aja lali marang piwelingku:6Pinituwa kuwi kudu wong sing tanpacacad; kudu mung duwé bojo siji,sing anak-anaké wis precaya, lan orakalok wong sing mblunthahb utawa orambangun-turut.7Sarèhné pinituwa mau ngurusipakaryané Allah lan dadi panuntuningpasamuwan, mulané kudu wongsing tanpa cacad. Wong sing oragumunggung, ora brangasan, oradhemen mendem, ora karem bandha.8Pinituwa kudu wong sing senengawèh pamondhokan, seneng marangkabecikan. Kudu bisa ngendhalèni awakédhéwé, jujur, mursid lan tertib.9Kudu ngantepi pangandikané Allah.Srana patrap mengkono pinituwa mauwani ngélingaké wong liya nganggopiwulang sing bener, lan nuduhakékeluputané wong sing padha nglawanpiwulang mau.

bmblunthah: mboten mbangun-turut: mblasar.

TITUS 1.10–15 310Sebab akèh wong sing padhaora setya, luwih-luwih wong Kristentetakan,c kuwi padha nasaraké wong liyasrana piwulang sing néka-néka.11Wong-wong sing piwulangémengkono mau prelu énggal-énggaldibungkem, awit padha gawé bingungébrayat pirang-pirang srana piwulangsing ora bener. Karepé wong-wong mausatemené ngisin-isini banget, mergamung golèk untungé dhéwé.12Tau ana nabiné wong Kréta dhéwékandha: "Wong-wong Kréta kuwidhemen goroh, kaya kéwan galak,wong-wong drembad sing kesèd."13Apa sing dikandhakaké nabi maubener. Mulané wong-wong kuwi kudukokwelèhaké sing temenan, supayaprecayané ora nylèwèng,14 lan ora padha kedayan déningdongèng-dongèngé wong Yahudi utawaprenatan-prenatané manungsa singngalang-alangi prekara sing bener.15Tumrap wong sing pikirané resik,samubarang prekara dadi resik. Nangingtumraping wong-wong sing pikirané ora

cKristen tetakan: tilas nganut agami Yahudi.ddremba: remen nedha.

TITUS 1.16–2.5 4

resik lan ora precaya, ora ana prekarasiji waé sing suci; awit pikiran lan atinéwis reged!16Wong-wong kuwi ngakuné precayakaro Gusti Allah, nanging penggawé-penggawéné nélakaké yèn wong-wongmau satemené ora precaya. Wong-wongmau seneng mbrontak lan ora bisanindakaké kabecikan apa-apa.

21Nanging kowé, Titus! Wulangnaapa sing condhong karo pathokaning

precaya.2Wong lanang sing wis tuwa pituturanasupaya presaja, wicaksana lan bisangendhalèni kekarepané; manteping precaya, ing katresnan lan ingkesabaran.3Mengkono uga wong wadon singwis tuwa pituturana supaya luwihnggatèkaké marang pangibadah. Ajapadha dhemen nyatur, lan dhemenmendem minuman keras. Kudu padhamemulang sing becik:4kayata marahi wong-wong wadonenom supaya padha nresnani bojoné lananak-anaké;5bisa ngendhalèni kekarepané sing oraprayoga, suci lan bisa dadi somah sing

TITUS 2.6–10 5

sejati, manut karo préntahé bojoné,satemah wong ora ngala-ala marangpangandikané Allah.6Mengkono uga para nom-nomankonen njaga marang awaké dhéwé.7Kowé dhéwé dadia tuladha ingsedhéngah penggawé becik. Enggonmumemulang tindakna klawan jujur lankanthi tumemen.8Nganggoa tembung-tembung singwicaksana, sing ora kena dicacad déningwong, supaya mungsuh-mungsuhmupadha kisinan, merga ora duwé alesannyatur kowé.9Para abdi padha mbangun-turutamarang dhawuhé bendarané lan ingsadhéngah prekara gawéa maremingatiné bendarané. Aja padha madonibendarané,10utawa nyolong barang-barangébendarané. Malah para abdi selawasékudu nélakaké yèn dhèwèké becik lansetya, supaya srana sadhéngah prekarasing ditindakaké kanthi becik mau,wong-wong padha ngalem piwulang babGusti Allah, Juru Slamet kita.

TITUS 2.11–15 611Awit Gusti Allah wis ngetingalakésih-rahmaté kanggo keslametanémanungsa kabèh.12Sih-rahmaté mau merdi kita, supayakita padha urip ninggal patrapé wongsing ora wanuh karo Gusti Allah, singnuruti marang hawa-nepsu kadonyan.Sajroning urip ing donya iki kita padhabisaa ngendhalèni nepsu kita dhéwé,padha sing jujur lan ngabekti marangGusti Allah.13Saiki kita lagi padha nganti-antitekané dina sing dadi pengarep-arep,yakuwi Dina kebabaring kamulyané AllahKang Mahaagung lan Sang Juru Slamet,Gusti Yésus Kristus.14Panjenengané wis masrahakésarirané kanggo kita, yakuwi kanggonylametaké kita saka sakèhing piala,lan ndadèkaké kita dadi kagunganépiyambak, umat sing suci, singkesengsem marang penggawé becik.15Prekara-prekara iki wulangna.Enggonmu mituturi lan melèhakéwong-wong sing padha ngrungokaképiwulangmu, nganggoa kawicaksanan,supaya aja nganti ana wong singngrèmèhaké kowé.

TITUS 3.1–5 7

31Wong-wongmu padha élingna,supaya padha sumuyud marang

pamaréntah lan marang para wong singngasta pangwasa. Padha mbangun-turuta marang wong-wong mau lanpadha cumadhanga marang sadhéngahpenggawé becik.2Wong-wong padha kandhananasupaya aja padha ngala-ala wong liya,nanging padha rukuna lan memitranakaro wong kabèh. Tangkepmu karo wongkabèh tansah sing alus.3Awit kita dhéwé biyèn uga senengtumindak ngawur, seneng mbrontaklan murang-sarak.e Kita biyèn ugadierèh déning hawa-nepsu lan sakèhingpepénginan. Urip kita biyèn uga kebakdrengki lan sengit marang liyan. Wong-wong padha sengit marang kita, lan kitauga padha sengit marang wong-wongmau.4Nanging bareng Gusti Allah mbabarakésih lan kamirahané,5Panjenengané milujengaké kita,ora merga penggawé becik singkita tindakaké, nanging merga saka

emurang-sarak: mblasar: mboten manutprenatan.

TITUS 3.6–9 8

sih-rahmaté piyambak. Kita padha"dikumbah".f Merga saka enggon kitakakumbah mau, kita nuli kalairakémenèh déning Sang Roh Suci lankaparingan urip anyar.6Gusti Allah ngesokaké Roh Suci klawanlubèr marang kita lantaran Gusti YésusKristus, Juru Slamet kita,7 supaya srana sih-palimirmané, kitapadha dianggep bener utawa tanpakeluputan ana ing ngarsané Gusti Allah,lan kaparingan urip langgeng sing kitaarep-arep.8 Iki piwulang sing bener. Karepkusupaya prekara-prekara iki luwihkokantepaké menèh ana ingpiwulangmu, supaya wong-wongsing padha precaya marang Gusti Allahpadha luwih akèh menèh enggonénanjakaké wektuné kanggo nindakaképenggawé becik. Penggawé-penggawésing mengkono kuwi akèh paédahé.9Nanging dhébatan sing tanpa tegespadha singkirana, mengkono ugabab sarasilahé para leluhur; sartacecongkrahan lan tukaran bab Angger-

fdikumbah: dipun baptis: dipun sucèkaken.

TITUS 3.10–15 9

anggeré Torèt. Kuwi ora ana paédahé lanora ana ajiné.10Wong sing marakaké rusakingpasamuwan élingna, apesé rambah pingpindho, sawisé kuwi aja koksrawungi.11Kowé ngerti yèn wong sing mengkonomau ala, lan dosa-dosané nélakaké yènwong kuwi ora bener.12Sawisé Artémas lan Tikhikusdakkongkon nemoni kowé, udinenbisaa padha nemoni aku ana ing kuthaNikopolis, awit niatku arep manggon anaing kana sajroné mangsa bedhidhing.13Sabisa-bisamu padha mbiyantuaZénas, ahli hukum, lan Apolos supayaénggal padha mangkat lan kecukupansamubarang sing dibutuhaké.14Wong-wongé dhéwé padha warahanananjakaké wektuné kanggo nglakonipenggawé becik, lan nyukupi kebutuhansing pancèn prelu temenan, supayauripé aja nganti tanpa guna.15Wong kabèh sing mèlu aku ana ingkéné padha kirim salam. Salamku kabèhmarang para mitra tunggal precaya.Sih-rahmaté Allah nunggala karo kowékabèh. Saka aku, Paulus

Filemon

11Layang saka aku Paulus, wong singdikunjara merga Sang Kristus Yésus,

lan saka sedulur kita Timotius, tumekaamarang kanca lan mitraku tunggal gawé,Filémon,2 lan marang pasamuwan sing ngumpulana ing omahmu; sarta marangsedulur kita wadon Apfia, apa dénémarang Arkhipus, kanca kita tunggalsapegawéan.3Gusti Allah Rama kita lan Gusti kitaYésus Kristus maringana sih-rahmat lankatentreman marang kowé.4Sedulur Filémon! Saben-saben akundedonga, aku tansah ngèlingi kowé lansaos sukur marang Gusti Allah.5Awit aku krungu bab katresnanmumarang para kagungané Allah, lan babprecayamu marang Gusti kita YésusKristus.6Kang daksuwun-suwun, muga-mugaenggonku padha paseduluran karo kowé,merga padha déné dadi wong precaya,njalari kita saya ngerti marang sakèhing

FILEMON 1.7–12 2

berkah, sing padha kita tampani ana ingpatunggilan kita karo Sang Kristus.7Katresnanmu, Filémon, sedulur kangkinasih, ndadèkaké bungahku lan gawégedhéning atiku! Para umaté Gusti Allahkabèh rumangsa olèh panglipur sakakowé.8Mulané, aku sedulurmu tunggalprecaya marang Gusti Yésus Kristus,satemené bisa préntah marang kowétanpa wigih-wigih, supaya nindakakéapa sing prelu.9Nanging merga saka tresna, luwihprayoga menawa aku ora préntah,nanging ajak-ajak kowé, senajan aku,Paulus, utusané Sang Kristus Yésuskalané saiki lagi dikunjara merga sakaasmané.10Penjalukku marang kowé kanggoOnésimus, anakku ana ing Sang Kristus,awit sajroné aku dikunjara aku dadibapakné kasukman.11Onésimus kuwi biyèn ora ana gunanétumrap kowé, nanging saiki migunanitumrap kowé lan iya tumrap aku.12Wong sing daktresnani banget ikudakkon bali mèlu kowé menèh.

FILEMON 1.13–17 313Satemené aku kepéngin nyandhetdhèwèké ana ing kéné ngancani aku,sajroné aku dikunjara merga Injil,supaya bisa mbiyantu aku minangkasesulihmu.14Nanging aku emoh meksa kowé;aku luwih seneng yèn kowé nindakakésing mengkono mau klawan sukalilaningatimu. Dadi aku ora arep nindakakéapa-apa tanpa nganggo rembugmudhisik.15Bisa uga pisahé Onésimus karo kowékanggo sawetara mangsa kuwi supayadhèwèké bisa koktampa menèh kanggoselawasé.16Saiki Onésimus kuwi dudu batur-tukon, nanging saiki dadi sedulurmukang kinasih ana ing Kristus. Kayamengkono kaanané Onésimus tumraping aku, mengkono uga tumraping kowé,yakuwi abdi lan uga sedulur tunggalGusti.17Dadiné yèn aku kokanggep kancatunggal precaya, Onésimus iyatampanana kaya enggonmu nampaniaku dhéwé.

FILEMON 1.18–24 418Yèn Onésimus keluputan karo kowé,utawa duwé utang apa-apa karo kowé,aku sing nanggung.19Aku tandha tangan ana ing kéné:Aku, Paulus sing arep mbayar. (Lan oraana preluné aku ngélingaké kowé babutangmu karo aku, yakuwi awakmudhéwé.)20Mulané kowé sedulurku ana ingGusti, aku gentèn tulungana. Atiku lipurakrana enggonku duwé sedulur kowé,padha-padha wong Kristen.21Sajroné nulis layang iki aku yakin,yèn kowé bakal ngleksanani penjalukku.Malah aku ngerti yèn satemené kowébakal tumindak luwih saka kuwi.22Kejaba kuwi, aku sedhianana kamarsiji, awit aku duwé pengarep-arepyèn Gusti Allah bakal ngabulaképanyuwunmu kabèh lan aku bali nunggalkaro kowé menèh.23Épafras sing bareng karo aku ana ingpakunjaran krana Sang Kristus, kirimsalam marang kowé.24Mengkono uga kancaku nunggalpegawéan, Markus, Aristarkhus, Dhémaslan Lukas.

FILEMON 1.25 525Sih-rahmaté Gusti Yésus Kristusnunggila karo kowé kabèh. Saka aku,Paulus

Ibrani

11Dhèk jaman biyèn Gusti Allah wiskerep ngandika karo para leluhur

kita srana patrap werna-werna.2Nanging ing jaman wekasan ikiPanjenengané ngandika marang kitalantaran Kang Putra. Iya lantaran KangPutra kuwi enggoné Gusti Allah nitahakéalam jembar. Sarta Panjenengané wisnetepaké Kang Putra mau supaya singwekasané ndarbèni samubarang kabèh.3Kang Putra kuwi cahya kamulyanésarta citranéa Gusti Allah sing cèples.Iya Panjenengané sing ngrumati alamjembar iki srana sabdané kang kebakpangwasa. Sawisé Panjenenganérampung enggoné ngresiki dosanémanungsa, nuli lenggah ana ing sisihtengené Gusti Allah, Kang Mahakwasa,ana ing dhamparing Kraton Swarga.4Kaluhurané Sang Putra kuwi bangetenggoné ngungkuli para malaékat,padha kaya pinunjuling Asma singkaparingaké déning Gusti Allah marang

acitra: gambar.

IBRANI 1.5–9 2

Panjenengané, lan banget enggonéngungkuli éndahing jenengé paramalaékat mau.5Awit Gusti Allah ora tau ngandikamarang para malaékat mengkéné:"Kowé kuwi Putra-Ku; ing dina ikiAku dadi Ramamu." sarta: "Aku bakaldadi Ramané, lan dhèwèké bakal dadiPutra-Ku."6Nalika Gusti Allah arep ngutus KangPutra pembarep marang jagad, ngandikamengkéné: "Sakèhé malaékat kudunyembah marang Sang Putra iki."7Déné bab para malaékat Gusti Allahngandika: "Gusti Allah ndadèkaké paramalaékaté dadi angin, sarta para abdinédadi geni kang murub."8Nanging bab Sang Putra, GustiAllah ngandika: "Paduka menika Allah,Paduka badhé jumeneng Raja ingsalami-laminipun! Pangrèh Padukamenika adil.9Paduka menika remen dhatengprekawis-prekawis ingkang leres sartasengit dhateng duraka. Pramila GustiAllah, inggih Allah Paduka, sampun mijiPaduka, sarta ngurmati Paduka ingkangndhatengaken kabingahan, ngungkuli

IBRANI 1.10–14 3

menapa ingkang kaparingaken dhatengpara mitra Paduka."10Lan menèh pangandikané Gusti Allahmengkéné: "Gusti, ing wiwitan milaPaduka ingkang nalesib bumi, sartalangit menika inggih pakaryaning astaPaduka piyambak.11Sedaya menika badhé sirna,badhé dados lungset lan amoh kadossandhangan; nanging Paduka mbotenbadhé éwah gingsir.12Paduka badhé nglempit alam jembarmenika kados jubah, sarta badhé samikasantunan kados sandhangan. NangingPaduka tansah badhé lestantun mbotenéwah-éwah; yuswa Paduka tanpawangenan."13Gusti Allah ora tau ngandikamarang para malaékaté sing endiwaé mengkéné: "Lungguha ana ingsisih tengen-Ku, nganti mungsuh-mungsuhmu wis padha Dakdadèkakéancik-anciking telapakanmu."14Yèn mengkono para malaékat kuwisapa ta? Para malaékat kuwi rak roh-rohsing padha ngladosi Gusti Allah lan sing

bnalesi: ndhasari.

IBRANI 2.1–4 4

diutus ngladosi wong-wong sing bakalpadha tampa keslametan.

21Mulané kita kudu luwih kencengenggon kita padha gondhèlan ing

sakèhing kayektèn sing wis kita rungu,supaya kita aja padha kéntir.2Pangandika sing didhawuhaké lantaranpara malaékat kuwi nyata, lan sapasing ora manut utawa ngèstokaké bakaltampa paukuman sing samesthiné.3Yèn mengkono kepriyé bisané kitaoncat saka paukuman mau, menawa kitaora ngregani marang keslametan kangsemono gedhéné? Gusti Yésus piyambaksing miwiti martakaké keslametan maulan wong-wong sing padha krungupangandika mau, klawan temen olèhémènèhi paseksi marang kita, yènpangandikané Gusti Allah kuwi nyatamengkono.4Mengkono uga Gusti Allah iyangekahaké paseksi-paseksi mausrana pretandha-pretandha, mujijat-mujijat, sarta kaélokan werna-werna.Panjenengané uga maringaké ganjaran-ganjaraning Roh Suci miturut ing kersanépiyambak.

IBRANI 2.5–9 55Nalika Gusti Allah nitahaké jagad,Panjenengané ora ngangkat malaékat-malaékat dadi para pangwasané jagad,iya jagad kang lagi kita rembug iki.6Malah ing Kitab Suci katulis mengkéné:"Dhuh Allah, manungsa menika menapata? Rak namung titah limrah, dénékokngantos Paduka gatosaken!7Kanggé sawetawis wekdal manungsamenika Paduka dadosaken langkungasor sekedhik tinimbang para malaékat.Éwadéné Paduka makuthani kalayankaluhuran sarta kaurmatan,8 saha Paduka dadosaken pangwaosingkang ngerèh samukawis." MenawaGusti Allah ngangkat manungsa dadi"pangwasa sing ngerèh samubarang,"ora ana barang siji waé sing orakatelukaké déning pangwasané. Nangingkita sumurup yèn manungsa saiki orangerèh samubarang.9Sing ngwasani samubarang mungGusti Yésus piyambak. Kanggo sawetaramangsa Panjenengané kadadèkakékacèk sethithik tinimbang paramalaékat, supaya merga sih-rahmatéGusti Allah, Panjenengané nglampahiséda kanggo manungsa kabèh. Saiki

IBRANI 2.10–13 6

kita sumurup yèn Panjenenganédimakuthani nganggo kamulyan lankaurmatan, merga enggoné wisnandhang kasangsaraning pati.10Wis samesthiné menawa Gusti Allah,kang nitahaké lan ngrumati samubarangkabèh kagem Panjenengané, uganyampurnakaké Gusti Yésus sranakasangsaran, supaya Gusti Yésus sagednuntun putra akèh ngrasakakékamulyané, bebarengan karoPanjenengané. Awit mung Gusti Yésuspiyambak kang nuntun wong-wong maumarang keslametan.11Gusti Yésus nyucèkaké manungsasrana nebus dosa-dosané. Panjenenganélan wong-wong kang kasucèkaké mauasalé saka Rama siji. Mulané Gusti Yésusora lingsem ngaken sedulur wong-wongmau.12Pangandikané: "Dhuh Allah, Kawulabadhé martosaken bab kawontenanPaduka dhateng para sedhèrèk Kawula.Kawula badhé ngalembana Padukawonten ing satengahipun pasamuwan."13Sarta menèh: "Aku bakal precayamarang Panjenengané." Lan menèhpangandikané: "Satemené, lah iki Aku

IBRANI 2.14–17 7

lan putra-putra sing wis diparingakédéning Gusti Allah marang Aku."14Sarèhné sing disebut putra-putrakuwi wong-wong sing awujud daginglan getih, mulané Gusti Yésus iyabanjur dadi manungsa padha kayawong-wong mau sarta ngagem sakèhingsipat kamanungsané wong-wong mau.Enggoné mengkono supaya sranasédané Panjenengané bisa nyirnakakéIblis sing ngwasani pati.15Sarta ngluwari wong-wong, singsajegé uripé kawengku déning rasa wedimarang pati.16Awit satemené dudu para malaékatsing dipitulungi Gusti Yésus, nangingkaya pangandikané ing Kitab Suci:"Panjenengané mitulungi tedhaké RamaAbraham."17Kuwi ateges yèn Panjenenganékudu dipadhakaké karo para sedhèrèk-sedhèrèké ing sadhéngah prekara,supaya Panjenengané dadia ImamAgungé wong-wong mau, kang ambekwelasan lan setya marang Gusti Allah,murih bisaa ngolèhaké pangapuratumrap dosa-dosaning bangsané kabèh.

IBRANI 2.18–3.5 818Lan saiki Panjenengané sagedmitulungi wong-wong sing kenaing panggodha, awit Panjenenganépiyambak wis ngalami digodha lannandhang sangsara.

31Para sedulurku sing padha dadikagungané Gusti Allah, merga

katimbalan déning Panjenengané! Padharasak-rasakna bab Gusti Yésus, kangkautus déning Gusti Allah, supayajumeneng Imam Agung manut sahadatkita.2Gusti Yésus kuwi setya marang GustiAllah, kang wis miji Panjenenganéngayahi pegawéan kuwi, kaya déné NabiMusa biyèn iya setya ing pegawéanékanggo umaté Allah kabèh.3Wong sing ngedegaké omah kuwiajiné ngluwihi omah sing digawé. MulanéGusti Yésus iya wis samesthiné nampikamulyan kang luwih gedhé tinimbangNabi Musa.4Pancèn saben omah mesthi ana singgawé, nanging sing yasa samubarangkabèh kuwi Gusti Allah.5Nabi Musa kuwi pancèn dadi abdi singtumemen tumraping umaté Allah kabèh,sarta mulangaké prekara-prekara sing

IBRANI 3.6–10 9

ing tembé bakal diwedharaké déningGusti Allah.6Nanging Sang Kristus tumemenékaya déné Putra, kang mikul tanggungjawab tumraping Pedalemané Allah.Pedalemané Allah, yakuwi kita iki,anggeré kita padha mantep lan yakinyèn bakal padha nampani apa sing kitaarep-arep.7Mulané kaya pangandikané Sang RohSuci: "Ing dina iki, menawa kowé padhakrungu dhawuhé Allah,8kowé aja padha mangkotaké atimu,kaya para leluhurmu biyèn pada mbalélamarang Gusti Allah, yakuwi nalikapadha ana ing pesamunan, padha nyobamarang Gusti Allah.9 ‘Ana ing kana para leluhurmu padhandadarc Aku; Aku padha dicoba’,mengkono pangandikané Allah, ‘mangkawis patang puluh taun lawasé wong-wong mau padha weruh apa singDaktindakaké.’10Mulané pegel ati-Ku marang umatmau, lan Aku ngandika, ‘Wong-wong

cndadar: menguji (bhs. Ind.).

IBRANI 3.11–15 10

kuwi tansah gawé duraka, padha suthikd

nurut marang dhawuh-dhawuh-Ku.’11Aku duka marang wong-wong mausarta sumpah: ‘Wong-wong kuwi orapisan-pisan bakal mlebu ana ing papanpalereman-Ku.’"12Para sedulurku, padha dingati-ati, supaya aja ana wong siji waépanunggalanmu sing duwé ati ala lanmaido nganti nyingkur marang GustiAllah kang sipat gesang.13Malah aja ana panunggalanmu singkena ing pamblithuking dosa, banjurmangkotaké atiné. Mulané sajronéisih urip ing jaman sing ana ing KitabSuci disebut "Dina Iki," padha tansahéling-ingélingna.14Kita kabèh iki wis padha mèlumenang karo Sang Kristus. Semonokuwi menawa kita padha tetep ngantepimarang precaya kita kawitan ngantitekan ing wekasan.15Pangandikané Gusti Allah mengkéné:"Ing dina iki menawa kowé krungudhawuhé Allah, aja padha mangkotakéatimu kaya para leluhurmu, dhèk

dsuthik: emoh: mboten purun.

IBRANI 3.16–4.2 11

biyèn nalika padha mbangkang marangPanjenengané."16Sapa sing padha krungu dhawuhéAllah, banjur mbaléla marangPanjenengané? Kuwi rak wong-wongsing padha kairid déning Nabi Musa metusaka tanah Mesir ta?17Sapa wong-wong sing patang puluhtaun lawasé memungu bebenduné Allah?Apa dudu wong-wong sing padha gawédosa lan padha mati pating glimpangana ing pesamunan?18Nalika Gusti Allah supaos: "Wong-wong kuwi ora pisan-pisan bakal mlebuana ing papan palereman-Ku," sapasatemené sing dikersakaké? Ora liya rakiya wong-wong sing padha mbaléla mau!19Dadiné saiki kita padha ngerti, yènwong-wong sing padha ora bisa mlebu,kuwi merga padha ora precaya.

41Nanging saiki Gusti Allah wis janji,yèn kita padha kepareng mlebu

ing paleremané. Mulané kita padhadingati-ati, supaya aja ana siji waépanunggalanmu sing nganti kèri.2Awit padha kaya wong-wong mau, kitawis padha krungu bab Injil. Nanging ikuora ana paédahé tumraping wong-wong

IBRANI 4.3–7 12

mau, awit senajan padha krungu,éwasemono padha ora gelem nampanikanthi precaya.3Déné kita sing padha precaya, bakalpadha mlebu ana ing paleremané GustiAllah, cocog karo pangandikané: "Akuduka lan supaos: ‘Wong-wong kuwimesthi padha ora bakal mlebu ingpalereman-Ku.’" Gusti Allah ngandikamengkono, senajan pakaryané wisrampung wiwit nalika Panjenenganénitahaké jagad.4Awit mungguh dina kang kapitu anapangandikané mengkéné: "Ing dinakapitu Gusti Allah kèndel saka pakaryanékabèh."5Bab mau dingandikakaké menèh:"Wong-wong bakal ora pisan-pisanmlebu ana ing palereman-Ku."6Wong-wong kang luwih dhisik krungupawartané Injil, kuwi padha ora mlebuana ing paleremané Allah, awit padha oraprecaya. Yèn mengkono ana wong-wongliyané kang padha olèh mlebu ana ingpaleremané Allah.7Kuwi ketitik saka enggoné Gusti Allahnemtokaké dina liyané, sing disebut:"Dina Iki". Let pirang-pirang taun

IBRANI 4.8–12 13

sebanjuré, Gusti Allah ngandika menèhbab prekara iki lumantar Sang PrabuDawud, ana ing ayat ngarep mau: "Ingdina iki menawa kowé padha krungudhawuh pangandikané Allah, aja padhamangkotaké atimu."8 Jalaran saupama Hakim Yosua wisngirid wong-wong kuwi mlebu ingpalereman kang kacawisaké déningGusti Allah, mesthi Panjenengané orabakal ngandika menèh bab dina liyané.9Nanging kaya kaanané saiki, isih anamenèh palereman kanggo umaté Allah,padha kaya enggoné Gusti Allah kèndelmakarya ana ing dina kapitu mau.10Sapa sing kepareng mlebu ana ingpaleremané Allah, wong kuwi bakalngaso uga saka pegawéané dhéwé,padha kaya Gusti Allah enggoné kèndelsaka pakaryané piyambak.11Mulané ayo kita padha mbudidayasakatogé mlebu ana ing paleremanéAllah. Aja ana panunggalan kita singmbalélae kaya wong-wong dhèk biyèn,temah padha ora kepareng mlebu.12Pangandikané Allah kuwi asipatgesang lan sekti, lan luwih landhep

embaléla: ngraman: memberontak (bhs. Ind.).

IBRANI 4.13–16 14

tinimbang sakèhing pedhang singlandhep kiwa-tengen; kang tumamanénganti bisa misahaké nyawa lan roh,ros-rosan lan sungsum. Bisa netepakéala lan beciké pikiran lan karepémanungsa.13Ora ana prekara siji waé singketutupan ana ing ngarsané GustiAllah, jalaran samubarang kabèhkaton ngégla ana ing paningalé. Kitakabèh kudu padha tanggung jawabmarang Panjenengané tumrap sakèhingpenggawé kita dhéwé-dhéwé.14Sarèhné mengkono, mulané kitapadha ngantepana marang sahadat kita.Awit kita padha duwé Imam Agung, singwis sowan ing ngarsané Allah, yakuwiGusti Yésus, Putraning Allah.15 Imam Agung kita iki dudu wongsing ora bisa ngrasakaké kaapesankita. Malah Panjenengané wis ngalamikagodha ing samubarang prekara.Ora béda karo kita dhéwé; mungPanjenengané ora gawé dosa!16Mulané ayo kita padha klawan kendelmarek ing ngarsané Allah, kang dadietuking sih-rahmat kang lubèr-lubèr.

IBRANI 5.1–5 15

Kita bakal nampa kawelasan, sarta olèhsih-rahmat ing wektuné.

51Saben Imam Agung kuwi kapilihsaka ing antarané manungsa, lan

katetepaké supaya ngladosi Gusti Allah,dadi lantaraning manungsa karo GustiAllah. Kuwajibané nyaosaké pisungsungsarta kurban krana dosa.2Sarèhné Imam Agung kuwi dhéwéiya wong sing apes tumrap ing prekaraakèh, mulané panjenengané iya ambekwelasan tumrap wong-wong sing bodholan sing padha keluputan.3Lan sarèhné panjenengané piyambakkebak kaapesan, mulané iya kudunyaosaké kurban-kurban ora mungkanggo dosa-dosané umat waé, nanginguga kanggo dosa-dosané dhéwé.4Ora ana wong sing miji awaké dhéwénampa kalenggahan Imam Agung. Wongsing dadi Imam Agung kuwi mung mergakatimbalan déning Gusti Allah, kayadéné Imam Agung Harun dhèk biyèn iyakatimbalan déning Gusti Allah piyambak.5Mengkono uga Sang Kristus iya orangangkat sarirané piyambak dadi ImamAgung. Malah Gusti Allah ngandikamarang Sang Kristus mau mengkéné:

IBRANI 5.6–10 16

"Kowé kuwi Putra-Ku; ing dina iki Akudadi Rama-Mu."6 Ing panggonan liya Gusti Allah ugangandika: "Kowé selawas-lawasé bakaldadi Imam, manut tatanané Mèlkisèdèk."7Nalika sugengé ing donya iki, GustiYésus wis ngaturaké pandonga lanpanyuwun kanthi pangadhuh lanpanangis marang Gusti Allah, kangkwasa milujengaké Panjenengané sakaing pati. Merga saka enggoné ngasorakésarirané, sarta merga saka enggonépasrah marang Gusti Allah, mulané GustiAllah midhangetaké panyuwuné mau.8Nanging senajan Gusti Yésuskuwi Putraning Allah, éwasemonoPanjenengané sinau mbangun-turutmarang kersané Sang Rama sranaenggoné nandhang sangsara.9Yakuwi sebabé sawisé Gusti Yésuskasampurnakaké, banjur dadi sumberingkeslametan langgeng tumrapé wongkabèh sing padha mbangun-turutmarang Panjenengané;10 lan Gusti Allah piyambak netepakéGusti Yésus mau kajumenengaké ImamAgung manut tatanané kaimamanéMèlkisèdèk.

IBRANI 5.11–6.1 1711Mungguh jumenengé Gusti Yésusdadi Imam Agung iki, akèh singkudu dakkandhakaké, nanging angèlenggonku arep nerangaké marang kowé,jalaran kowé padha lamban,f ora énggalngerti.12Manut lawasé enggonmu dadi wongprecaya, wis pantes saupama kowé dadiguru, nanging tekan sepréné kowé isihprelu diwulang bab dhasar-dhasaringpangandikané Gusti Allah. Kowé isihbutuh banyu susu, dudu pangan singakas.13Merga sing sapa isih butuh banyususu, kuwi isih bocah, durung ngerti apasing diarani bener lan apa sing diaraniluput.14Pangan sing akas kuwi mung kanggowong-wong diwasa, sing wis kulinangrasakaké lan mbédak-mbédakakébarang sing becik lan sing ala.

61Mulané ayo kita padha maju,ngancik piwulang-piwulangé wong

diwasa, sarta ninggal piwulang dhasarbab pangandikané Gusti Allah. Kitaaja mung mbolan-mbalèni piwulangbab pamratobat, marèni penggawé-

flamban: mboten gampil ngertos.

IBRANI 6.2–6 18

penggawé kang tanpa guna, lan babprecaya marang Gusti Allah;2utawa bab adat tata-cara baptis utawabab berkah srana numpangaké tangan,utawa bab tanginé wong mati, sartapaukuman langgeng.3Ayo kita padha maju nyandhakpiwulang sing luwih dhuwur, yakuwi singsaiki arep padha kita tindakaké, menawaGusti Allah marengaké.4Sebab kepriyé bisané wong-wong singwis padha murtad bali mratobat menèh?Wong-wong mau wis tau padha nampanipepadhang saka Gusti Allah ana ingatiné. Wis padha ngrasakaké peparingéGusti Allah sarta wis nampani Sang RohSuci dadi darbèké.5Wong-wong mau wis ngerti yènpangandikané Gusti Allah kuwi becik,lan wis padha ngrasakaké dayané jamansing bakal kelakon.6Éwasemono wong-wong mau padhamurtad! Mokal yèn wong-wong sing kayamengkono mau bisa katuntun marangpamratobat menèh, merga wong-wongkuwi presasat padha nyalib PutranéAllah sepisan menèh kanggo awaké

IBRANI 6.7–11 19

dhéwé, sarta ngina Panjenengané anaing ngarepé wong akèh.7Gusti Allah mberkahi lemah kangnesep banyu udan, nganti lemah maungetokaké tetuwuhan sing migunanimarang wong sing nandur.8Nanging menawa metokaké erilan rerungkudan, lemah mau oraana gunané. Lemah mau bakal kenasupatané Allah lan kaobong.9Senajan aku muni mengkono, parasedulur kang kinasih, aku yakin yènkowé precaya temenan. Aku ngerti yènkowé padha tampa peparing-peparingsing luwih becik, sing tumuju marangkeslametan.10Gusti Allah kuwi ora kurang adil;Panjenengané ora bakal kekilapang

marang penggawé-penggawému singwis koklakoni, utawa katresnanmumarang Panjenengané, kang tetélasaka pitulunganmu marang pepadhamuwong Kristen, sing isih tumindak tekansepréné.11Banget pengarep-arepku, kowétansah sregep nganti tekan wekasan,

gkekilapan: mboten ngertos.

IBRANI 6.12–17 20

supaya bisa nggayuh apa sing dadipengarep-arepmu.12Aku ora seneng yèn kowé padhakesèd. Padha tumindaka kaya wong-wong sing padha precaya lan sabar,temahan padha nampani apa kangdijanjèkaké déning Gusti Allah.13Nalika Gusti Allah maringaké janjinémarang Rama Abraham, Panjenenganésupaos bakal ngleksanani sing wisdijanjèkaké. Sarèhné ora ana wong singngungkuli Panjenengané, mulané nalikamaringaké janjiné mau, Gusti Allahsupaos demi asmané piyambak.14Pangandikané Allah: "Aku janji bakalmberkahi kowé sarta maringi turun akèhbanget marang kowé."15Abraham sabar, temah panjenenganénampa sing dijanjèkaké déning GustiAllah mau.16Manungsa yèn sumpah migunakakéjenengé wong liya sing luwih luhur;sumpah mau kanggo mungkasi sakèhépadudon ing antarané manungsa.17Kersané Gusti Allah ngyakinakémarang wong-wong sing bakal padhanampani janji mau, yèn Panjenenganéora bakal pisan-pisan nyélaki. Yakuwi

IBRANI 6.18–7.2 21

sebabé Panjenengané ngantebakéjanjiné mau nganggo supaos.18Rong prekara kuwi ora bisa owah,janji lan sumpah, sing njalari Gusti Allahora bakal sélak. Merga saka kuwi kitasing wis olèh keslametan saka Gusti Allahpadha diwanti-wanti supaya ngugemiklawan mantep marang pengarep-arepsing wis kajanjèkaké marang kita.19Pengarep-arep mau dadi jangkaringati kita, sing kukuh lan sentosa, sing wiskatibakaké tekan samburiné geberingSasana Mahasuci ana ing PedalemanéAllah kaswargan.20Gusti Yésus wis mlebet tekankana ndhisiki kita, kanggo makili kita.Panjenengané kang jumeneng ImamAgung kang langgeng manut tatakaimamané Mèlkisèdèk.

71 Imam Mèlkisèdèk kuwi biyènraja ing negara Salèm lan dadi

imamé Allah Kang Mahaluhur. NalikaRama Abraham kondur saka peprangansarta mejahi para raja, ImamMèlkisèdèk methukaké sarta mberkahipanjenengané.2Rama Abraham nyaosakésaprasepuluhé rampasan saka mungsuh

IBRANI 7.3–6 22

marang Imam Mèlkisèdèk. (TembungMèlkisèdèk teges sing sepisan "RatuningKaadilan," lan sarèhné Imam Mèlkisèdèkuga jumeneng ratu ing negara Salèm,asmané banjur uga ateges "RatuningKatentreman".)3Mungguh Imam Mèlkisèdèk ing KitabSuci ora kasebutaké sapa rama lanibuné, mengkono uga sapa leluhuré.Uga ora kasebutaké bab wiyosé lansédané. Panjenengané kuwi kaya dénéPutraning Allah, kang jumeneng imaming selawasé.4Coba gagasen, saiba luhuréMèlkisèdèk kuwi! Rama Abraham,leluhuré bangsa kita waé, ngantingaturaké saprasepuluhé rampasan sakamungsuh marang panjenengané.5Para turuné Lèwi, yakuwi wong-wongsing padha dadi imam, kadhawuhandéning Angger-anggeré Torèt, nampanipisungsung saka umat Israèl, yakuwipara seduluré tunggal bangsa, senajanwong-wong Israèl kuwi uga turunéAbraham.6Mangka Imam Mèlkisèdèk duduturuné Lèwi, panjenengané disaosiprasepuluhan déning Rama Abraham

IBRANI 7.7–11 23

sarta mberkahi Rama Abraham, wongsing wis kaparingan prasetyané GustiAllah mau.7Wis cetha yèn wong sing mberkahikuwi luwih luhur ketimbang karo wongsing diberkahi.8 Imam-imam sing nampa prasepuluhankuwi mung wong lumrah, nanging KitabSuci nélakaké bab Imam Mèlkisèdèk,yèn panjenengané, kang nampaniprasepuluhan kuwi gesang selawas-lawasé.9Dhèk nalika Rama Abraham mbayarprasepuluhan, Lèwi kena diarani uga wiskatut mèlu mbayar, senajan para turunépadha nampani prasepuluhan.10Awit nalika Imam Mèlkisèdèk ketemuRama Abraham, Lèwi durung lair; kenadiarani Lèwi isih ana ing lambungé RamaAbraham, leluhuré.11Adhedhasar kaimamané Lèwi mauTorèt kaparingaké marang umat Israèl.Saupama leladiné imam-imam Lèwikuwi biyèn wis sampurna, ora prelu anaimam liyané sing leladi manut tataningkaimamané Mèlkisèdèk, lan ora manuttataning kaimamané Harun.

IBRANI 7.12–18 2412Awit menawa salin tatanankaimamané, mesthiné Angger-anggeringTorèt iya kudu ganti uga.13Merga sing dikarepaké ana ingkéné iki Sang Kristus, sing klebu talerliya. Saka taler mau ora ana wong sijiwaé sing tau ngladèni mesbèh ana ingPedalemané Allah, dadi imam.14Pancèn wong kabèh wis ngerti,yèn Sang Kristus kuwi miyos sakataler Yéhuda; lan Nabi Musa uga orangandikakaké apa-apa bab taler ikinalika panjenengané ngandharaké babimam-imam.15Prekarané saiki dadi luwih cetha,yakuwi ana imam liya kang jumeneng,manut tataning kaimamané Mèlkisèdèk.16Panjenengané ditetepaké ngastakalenggahan imam ora landhesanprenatané manungsa, nangingadhedhasar urip kang langgeng.17Awit ing Kitab Suci ana pangandika,"Kowé kuwi dadi Imam ing selawasé,manut tatané kaimaman Mèlkisèdèk."18Pancèn, prenatan sing dhisik kuwisaiki wis disisihaké jalaran wis oranduwèni kekuwatan lan ora maédahi.

IBRANI 7.19–24 2519Awit Torèté Nabi Musa wis babar-pisan ora bisa ngolèhaké kasampurnan.Mulané kita saiki padha duwé pengarep-arep sing luwih becik, sing nyedhakakékita karo Gusti Allah.20Kejaba kuwi Gusti Allah rak wissupaos. Nalika imam liya-liyanékatetepaké kalenggahané, sumpah singmengkono mau ora ana.21Nanging Gusti Yésus katetepakéngasta imam nganggo sumpah, yakuwinalika Gusti Allah ngandika marangPanjenengané: "Pangéran wis supaos,sarta Panjenengané ora bakal ngéwahipenggalihé: ‘Kowé bakal dadi Imam ingselawasé.’"22 Iya merga enggoné béda karo imamliya-liyané mau, Gusti Yésus wis daditetanggelaning prejanjian kang luwihbecik.23Ana menèh sing mbédakaké SangKristus karo imam liya-liyané; imam-imam liyané cacahé akèh, lan sabenimam ngalami mati, mula ora bisanglestarèkaké kalenggahané.24Nanging Gusti Yésus gesangselawasé, sarta pakaryané enggoné

IBRANI 7.25–28 26

jumeneng Imam ora kalèngsèr marangwong liya.25Saiki lan kapan waé, Panjenenganésaged mitulungi slamet saben wongkang sowan ing ngarsané Allah lumantarPanjenengané. Jalaran Panjenenganégesang ing selawasé prelu nglantarakéwong-wong mau marang Gusti Allah.26Mulané iya Gusti Yésus kuwi ImamAgung sing kita butuhaké. Panjenenganésuci, ora kadunungan keluputan utawadosa. Panjenengané wis kapisahaké sakawong dosa, kasengkakaké ngungkulidhuwuré sakèhing langit.27Panjenengané ora kaya Imam Agungliyané, sing saben dina prelu nyaosakékurban kanggo dosané dhéwé lan sawisékuwi lagi kanggo dosaning umaté. GustiYésus nyaosaké kurban mung sepisanthok, kanggo ing selawasé, yakuwinalika Panjenengané nyaosaké sariranépiyambak minangka kurban.28Torèt njumenengaké Imam Agungsaka antarané manungsa kang orasampurna; nanging prajanjiané Allahkang dikanthèni supaos kang tekanésawisé Torèt, kuwi njumenengaké Sang

IBRANI 8.1–5 27

Putra, sing wis kasampurnakaké ingselawasé.

81Wosé kabèh sing kita rembug ikimengkéné: Kita padha duwé Imam

Agung, kang ngasta pangwasa gedhéing swarga, ngasta Pepréntahané Allah,Kang Mahaagung.2 Imam Agung mau ngladosi pangibadahing sajroning kémah sejati, ing pérangankang kasebut Sasanah Mahasuci. Kémahsejati mau yasané Gusti Allah, duduyasané manungsa.3Saben Imam Agung sing katetepakéing kalenggahané, kapatah nyaosaképisungsung lan kurban-kurban kéwanmarang Gusti Allah; mulané ImamAgung kita iya kudu kagungan kangkapisungsungaké.4Saupama Gusti Yésus ana ing bumiiki, Panjenengané babar-pisan oraprelu jumeneng Imam, awit wis akèhimam-imam sing nyaosaké kurbanmanut Torèt Yahudi.5Leladiné para imam mau, satemenémung kaya gambar lan wewayanganingbarang-barang kaswargan. Mengkonouga kaanané Nabi Musa biyèn, nalika

hSasana: Panggènan.

IBRANI 8.6–9 28

arep ngadani yasa Tarub PedalemanéAllah, Gusti Allah ngandika marangNabi Musa: "Kabèh mau kudu kokgawéngetrepi conto sing wis katuduhakémarang kowé ana ing gunung."6Nanging Gusti Yésus kaparinganpakaryan kaimaman kang luwih luhurtinimbang pegawéané para imammau. Merga Panjenengané jumenengPantarané prejanjian sing dianakaké ingantarané Gusti Allah lan manungsa singpancèn luwih luhur, merga kadhasaranjanji-janji bab prekara-prekara singluwih mulya.7Saupama prejanjian sing kawitankuwi ora ana cèwèté,i prejanjian kangkapindho ora prelu.8Nanging Gusti Allah nacad umaté,kuwi nalika Panjenengané ngandikamengkéné: "Satemené, bakal tekanwektuné," mengkono pangandikanéPangéran, "Aku bakal gawé prejanjiananyar karo turuné Israèl lan turunéYéhuda,9ora kaya prejanjian kang wis Dakgawékaro para leluhuré wong-wong mau,nalika Aku nganthi wong-wong mau metu

icèwèt: gèsèh: béda.

IBRANI 8.10–13 29

saka ing tanah Mesir. Wong-wong maupadha ora setya marang prejanjian-Ku,sarta Aku ngemohi wong-wong kuwi,"mengkono pangandikané Pangéran.10 "Iya kuwi prejanjian kang bakalDakgawé karo turuné Israèl ingwektu-wektu sabanjuré," mengkonopangandikané Pangéran. "Angger-angger-Ku bakal Dakparingaké anaing batiné, sarta Dakserat ing atiné,déné Aku bakal jumeneng Allahé sartawong-wong kuwi bakal dadi umat-Ku.11Sarta wong-wong mau ora bakalmulang menèh marang pepadhanéwarga, utawa marang pepadhanésedulur kanthi ngucap, ‘Wanuha marangPangéran!’ Awit gedhé cilik kabèh bakalpadha wanuh karo Aku.12Aku bakal nandukaké sih-piwelasmarang kaluputané, sarta ora bakalngèngeti marang dosa-dosané."13Sarèhné Panjenengané ngandikabab prejanjian anyar, mulané sranamengkono Gusti Allah mratélakaké yènprejanjian sing sepisanan kuwi wis orakanggo lan ora ana paédahé. Lan apawaé sing wis ora kanggo lan ora anapaédahé, bakal énggal sirna.

IBRANI 9.1–6 30

91Prejanjian kang sepisanan kuwingemot prenatan-prenatan bab

pangibadah lan papan pangibadahgawéané manungsa.2Ana kémah sing didegaké ing sisihnjaba, karan panggonan Suci. Ingnjeroné ana damar, méja lan roti kangkacaosaké marang Gusti Allah.3 Ing mburiné geber kang kapindho anakémah menèh karan Sasana Mahasuci.4 Ing njeroné ana mesbèh emas singdienggo ngobong menyan, lan anapethiné prejanjian kalapis emas bleg.Ing njeroné pethi mau ana guciné emasisi manna, tekené Imam Harun, sing tausemi, sarta watu blèbèkan loro katulisanpepakon sepuluh.5 Ing sandhuwuré pethi mau anapepethaningj malaékat éndah banget,mrelambangaké yèn Gusti Allah ana ingkono. Swiwiné malaékat-malaékat maungaubi tutupé pethi pangruwating dosa.Nanging wektu iki prekara mau ora kenadijlèntrèhaké siji-siji.6 Iya mengkono kuwi enggoné barang-barang katata ana ing papan kang sucimau. Saben dina para imam padha

jpepethan: wewujudan: gambar.

IBRANI 9.7–10 31

mlebu ing kémah sing sisih ngarep, prelunglakoni kuwajibané.7Mung Imam Agung piyambak singmlebet ing kémah sisih njero, kuwiwaé mung setaun sepisan, sarta kudukaro nggawa getih kang kasaosakémarang Gusti Allah, merga saka dosanépiyambak lan dosa-dosané umaté kangora kajarag.8Srana panatané barang-barang maukabèh, Sang Roh Suci nélakaké klawancetha, yèn selawasé kémah sing ana ingsisih ngarep isih ngadeg, dalan menyangSasana Mahasuci durung bukak.9Kuwi minangka pasemon tumrap ingjaman saiki. Déné tegesé, pisungsung-pisungsung lan kurban-kurban kéwankang kasaosaké marang Gusti Allah kuwiora bisa nyampurnakaké atiné wong singngibadah.10Barang-barang mau mung wujudpangan, ombèn-ombèn, lan tata-carawerna-werna bab reresik. Kuwi maukabèh prenatan-prenatan tata lairsing kanggoné mung tekan wektunésamubarang kabèh kaanyaraké déningGusti Allah.

IBRANI 9.11–14 3211Nanging Sang Kristus wis rawuhjumeneng Imam Agung tumrapingbarang-barang luhur sing wis anaing kéné. Panjenengané nindakaképeladosané ana ing kémah kang luwihagung lan luwih sampurna. Kémah mauora digawé déning manungsa, tegesé oraklebu pérangané donya sing dititahakéiki.12Nalika Sang Kristus mlebet ingpérangané tarub kang njero, ing SasanaMahasuci, sepisan kanggo ing selawasé,Panjenengané ora ngasta getihé wedhuslanang utawa getihé pedhèt minangkasaosan, nanging ngasta rahé piyambak,supaya ngangsalaké keslametan tumrapkita.13Getihing wedhus lanang lan sapituwin awuning kurban pedhèt kuwikasawuraké marang wong-wong, kangmanut saraking agama klebu wong najis.Srana patrap mengkono wong-wongmau padha kasucèkaké saka najisé tatalair.14Yèn sing mengkono kuwi bener,méndahané menèh rahé SangKristus! Merga Roh kang langgeng,Panjenengané wis ngurbanaké sarirané

IBRANI 9.15–19 33

piyambak konjuk marang Gusti Allah,minangka kurban kang tanpa cacad.Rahé nucèkaké ati kita saka sakèhingprekara kang tanpa guna, supaya kitabisa ngladosi Gusti Allah Kang Gesang.15Merga saka kuwi Sang Kristusrawuh jumeneng Imam Agung lanPantarané Prejanjian kang Anyar, supayawong-wong sing wis katimbalan padhabisa tampa ganjaran langgeng, kayasing dijanjèkaké Gusti Allah. Kuwi bisanékelakon merga wis ana sing nglampahiséda kanggo nebus panerak-panerakkang katindakaké déning wong-wongmau sajroning prejanjian sing wiwitan.16Menawa ana layang wasiat, kududibuktèkaké, yèn wong sing gawé layangwasiat mau wis mati.17Sebab layang wasiat kuwi lagi sah,menawa sing gawé wasiat wis mati,lan layang wasiat mau ora ana gunanéapa-apa sajroné sing gawé wasiat mauisih urip.18 Iya kuwi sebabé, mula prejanjiankang kawitan kudu diabsahaké nganggogetih.19Biyèn Nabi Musa ndhawuhaké sakèhépepakon Angger-anggering Torèt,

IBRANI 9.20–24 34

marang umat kabèh. Nuli panjenenganémendhet getihing pedhèt lan getihingcempé lanang dicampur banyu, banjurdikepyuraké nganggo wulu wedhus singwernané abang tuwa lan suket hisop,ana ing Kitab Torèt lan para umat kabèh.20Karo ngandika: "Getih iki ngabsahaképrejanjian kang katetepaké déning GustiAllah supaya koklakoni."21Mengkono uga kémah PedalemanéAllah lan sakèhé piranti sing dienggo anaing pangibadah padha dikepyuri getihmau déning Nabi Musa.22Pancèn manut Angger-anggeringTorèt, mèh samubarang kabèhkasucèkaké srana getih. Mengkono ugadosa, bisané diapura iya mung sranawutahing getih.23Sakèhing barang sing dadigegambaraning prekara-prekara kangana ing swarga mau kudu kasucèkakésrana patrap mengkono mau; nangingprekara-prekara kaswargan dhéwékasucèkaké srana kurban kang luwihbecik tinimbang barang-barang kuwi.24Awit Sang Kristus ora mlebeting Papan Suci gawéaning tanganémanungsa, kang mung dadi

IBRANI 9.25–10.1 35

wewayanganing Papan Suci kangsejati. Panjenengané mlebet ing swargaprelu sowan ing ngarsané Gusti Allahmakili kita.25 Imam Agungé wong Yahudi mlebeting Sasana Mahasuci setaun sepisan karongasta getihing kéwan. Nanging SangKristus ora mlebet bola-bali ngurbanakésarirané piyambak.26Awit yèn mengkono Panjenenganérak wiwit jagad katitahaké kudu bola-balienggoné nglampahi sangsara. Oramengkono. Panjenengané mung rawuhsepisan kanggo ing selawasé, yakuwiing jaman wekasan, kanggo mbirat dosasrana ngurbanaké sarirané piyambak.27Kaya déné manungsa enggonépinesthi mati sepisan, lan sawisé kuwinuli diadili déning Gusti Allah.28Mengkono uga Sang Kristus iya mungkakurbanaké sepisan kanggo dosanéwong akèh. Panjenengané bakal rawuhsepisan engkas, ora kanggo nebus dosa,nanging nylametaké wong-wong singnganti-anti rawuhé.

101Torèté wong Yahudi kuwi oraawèh gambaran sing cetha sarta

sampurna tumraping prekara-prekara

IBRANI 10.2–6 36

sing sejatiné. Kuwi mung wewayanganéprekara-prekara becik sing bakalkelakon. Kurban-kurban mono tansahkacaosaké pendhak taun padha waé;mulané srana kurban-kurban singmengkono mau kepriyé bisané Torètgawé sampurnané wong-wong singpadha sowan marang ngarsané GustiAllah?2 Jalaran menawa wong-wong singpadha ngibadah marang Gusti Allah maudosané wis diresiki temenan, wong-wongmau rak wis rumangsa ora duwé dosa,lan ora prelu saos kurban menèh.3Nanging satemené kurban sing diadanisaben taun mau malah ngélingaké wong-wong mau bab dosa-dosané.4Getihing sapi lan wedhus lanang mokalyèn bisaa mbirat dosané manungsa.5Mulané nalika arep rawuh ing jagad,Panjenengané matur marang GustiAllah: "Kurban saha pisungsung mbotenPaduka kersakaken, namung Padukasampun nyawisaken badan dhatengKawula.6Kurban obaran saha kurbanpambirating dosa mboten ndadosakenkepareng Paduka.

IBRANI 10.7–11 377Kawula lajeng munjuk: ‘SamenikaKawula sowan, dhuh Allah, sumedyanglampahi kersa Paduka, kados ingkangkaserat wonten ing Kitab Suci.’"8Sekawit Panjenengané matur:"Kurban saha pisungsung, kurbanobaran tuwin kurban pambiratingdosa sami mboten Paduka kersakakenlan mboten ndadosaken keparengPaduka." Panjenengané ngandikamengkono, senajan kurban-kurbanmau dipisungsungaké manut Angger-anggering Torèt.9Nuli matur mengkéné: "SamenikaKawula sowan, dhuh Allah, sumedyanglampahi kersa Paduka." Mulané GustiAllah nyuwak sakèhé kurban-kurban singlawas mau, lan diganti nganggo kurbanéSang Kristus.10Sarèhné Gusti Yésus Kristusnglampahi kersané Allah, mulané kitakabèh padha karesikan saka sakèhingdosa-dosa kita, srana ngurbanakésarirané piyambak, mung sepisankanggo selawasé.11Saben imam Yahudi sedina-dinangimami lan nglakoni kuwajibané,marambah-rambah nyaosaké kurban

IBRANI 10.12–18 38

sing padha waé. Nanging kurban-kurbanmau babar-pisan ora bisa mbirat dosa.12Nanging Sang Kristus nyaosakékurban krana dosa mung sepisan kanggoselawasé. Sawisé kuwi Panjenenganébanjur ngasta pangwasa ana ingPepréntahané Allah.13Panjenengané saiki ana ing kananganti tekan wektuné Gusti Allahnelukaké para mungsuhé Sang Kristuskadadèkaké ancik-anciking sampéyané.14Kaya mengkono Sang Kristus, mungsrana kurban sepisan damel sampurnanépara wong-wong kang karesikan dosané,ing selawasé.15Tumraping prekara kuwi Sang RohSuci uga paring paseksi marang kitamengkéné:16 "Iki prejanjian kang mbésukbakal Dakanakaké karo wong-wong.Pangandikané Allah menèh: ‘Aku bakalnyerat angger-angger-Ku ana ing atinésarta nanem ana ing batiné.’"17Pangandikané Allah menèh: "Aku orabakal ngènget-ènget marang sakèhingdosa lan paneraké."18Dadi menawa dosa-dosa lan panerak-panerak mau wis diapura, ora prelu ana

IBRANI 10.19–25 39

kurban pambirating dosa menèh singkudu kacaosaké.19Merga saka kuwi para sedulur;lantaran sédané Gusti Yésus kita bisabébas mlebu ing Sasana Mahasuci mau.20Tumrap kita Gusti Yésus wis mbikakdalaning urip kang anyar, ngliwati geber,yakuwi sarirané piyambak.21Saiki kita padha duwé Imam Agung,sing ngepalani Pedalemané Gusti Allah.22Mulané ayo kita padha sowan ingngarsané Allah klawan ati kang éklas lanprecaya sing mantep, klawan ati sing wistanpa keluputan, lan klawan badan singwis diresiki nganggo banyu sing resik.23Padha dimantep ing pengarep-arepsing wis kita andhemi, awit kita precayayèn Gusti Allah bakal netepi prasetyané.24Ayo kita padha nggatèkakékebutuhané wong siji lan sijiné, sartapadha tulung-tinulung, yakuwi tandhanékatresnan lan kabecikan.25Aja padha ninggal pakulinan kitangumpul bebarengan ing kumpulanibadah, kaya sing ditindakaké déningsedulur-sedulur sawetara. Malah ayopadha éling-ingélingaké awit kita padha

IBRANI 10.26–30 40

weruh yèn Dinané Gusti, iya dina rawuhésing kapindho wis cedhak.26Sebab samasa pawartané Gusti Allahwis kaparingaké marang kita, mangkakita padha njarag gawé dosa, kuwikurban apa waé wis ora bisa mbirat dosamau.27Kejaba mung kari saprekara, yakuwingentèni tekané pengadilan lan geninggegirisi, sing bakal nyirnakakéwong-wong sing padha nglawan marangGusti Allah!28Sing sapa ora manut karo Angger-anggering Torèté Nabi Musa, kaukumpati tanpa pangapura. Semono mau yènkeluputané saka paseksiné wong loroutawa telu.29Apa menèh wong sing nyawiyahmarang Putraning Allah! Wong singngrèmèhaké rahé prejanjiané Allah,kang wis ngresikaké wong mau saka ingdosa! Wong sing nyawiyah Sang RohSuci sing ngasihi marang wong mau,méndah aboté paukuman sing bakalditampa déning wong mau.30Sebab kita padha sumurup sapaPanjenengané sing ngandika: "Aku kangbakal nindakaké paukuman! Aku kang

IBRANI 10.31–36 41

bakal nindakaké pemales!" lan sapaPanjenengané kang ngandika: "Pangéranbakal ngadili umaté."31Saiba enggoné nggegirisi, menawakita tumiba ing astané Allah kang asipatgesang!32Padha élinga marang kaananmu dhèksemana. Sawisé kowé padha nampanipepadhang saka Gusti Allah, nuli akèhpanunggalanmu sing padha nandhangsangsara akèh, éwasemono kowé betah.33Ana kalané kowé padha dicecamahsarta dipilara ana ing ngarepé wongakèh. Kowé uga tau mèlu nglabuhiwong-wong sing padha nandhang kayamengkono.34Kowé padha mèlu nandhang sangsarakaro wong sing padha dikunjara. Lannalika barang-darbèkmu dirampas,prekara mau koktampa klawan bungah,awit kowé ngerti yèn isih duwé barang-darbé sing luwih gedhé ajiné, sing orabakal sirna selawasé.35Mulané aja padha semplah, awitbakal gedhé ganjaranmu.36Supaya bisa nglakoni kersané Allahlan nampani apa sing diprasetyakaké,kowé kudu sabar,

IBRANI 10.37–11.3 4237kaya sing dipangandikakakéana ing Kitab Suci: "Sedhélaengkas Panjenengané bakal rawuh;Panjenengané ora nyumenèkakék

rawuhé.38Umat-Ku sing bener, kuwi uripémerga saka precaya, déné menawa anasing murtad, Aku bakal ngemohi wongmau."39Nanging kita iki dudu umat singmurtad lan mblasar, malah umatsing precaya lan sing wis nampanikeslametan.

111Precaya tegesé yakin yènprekara-prekara sing kita arep-

arep kuwi nyata, senajan saiki orakaton.2Awit iya merga enggoné padhaprecaya mau para leluhur kita katampiana ing ngarsané Allah.3Merga saka precaya kita ngerti yènalam jembar iki katitahaké déningsabdaning Allah. Dadi apa sing saikipadha kasat mripat iki dumadiné sakaprekara-prekara sing ora kasat mripat.

knyumenèkaké: menunda, menangguhkan (bhs.Ind.).

IBRANI 11.4–7 434Merga saka precaya Habél enggonényaosaké kurban marang Gusti Allahluwih becik tinimbang kurbané Kain.Merga saka precaya mau Habélkatunggilaké karo Gusti Allah, mulanékatampi déning Gusti Allah, lan mergasaka precayané mau Habél tekan saikiisih caturan, senajan dhèwèké wis mati.5Merga saka precaya Hénokh orangalami mati, malah kapulung ana ingngarsané Allah. Ora ana wong sing bisanemokaké dhèwèké, awit wis kapulung.l

Kitab Suci nélakaké yèn sadurungéHénokh kapulung, uripé gawé renaningpenggalihé Allah.6Ora ana wong sing bisa gawé renaningpenggalihé Allah tanpa precaya. Singsapa sowan ana ing ngarsané Allah kuduprecaya yèn Gusti Allah kuwi ana, lanmaringi ganjaran marang kang padhanggolèki Panjenengané.7Merga saka precaya Nabi Nuhngèstokaké dhawuhé Gusti Allah,tumrap bab-bab sing bakal kelakon,senajan prekara-prekara mau durungkaton tandha-tandhané. Mulané banjurnglakoni dhawuhé Allah, gawé prau

lkapulung: kapundhut; kaasta; dipun pendhet.

IBRANI 11.8–11 44

sing mengkoné kanggo nylametakésabrayaté. Srana mengkono, ategesdonya dianggep luput; déné Nabi Nuhdianggep bener déning Gusti Allah mergasaka precayané.8Merga saka precaya Rama Abrahammbangun-turut, nalika katimbalandéning Gusti Allah supaya bidhalmenyang negara sing dijanjèkakémarang panjenengané. Rama Abrahamnilar negarané piyambak tanpa pirsadunungé papan sing dituju.9Merga saka precaya panjenenganémanggèn ana ing tanah kang dijanjèkakémau. Ana ing kana panjenenganémanggèn ana ing kémah. Mengkono ugaRama Iskak lan Rama Yakub, kang ugapadha nampa janji mau saka Gusti Allah.10Awit Rama Abraham ngajeng-ajengmanggèn ing kutha sing wis karancangsarta kabangun déning Gusti Allah;kutha sing tetalesé ora gingsir ingselawas-lawasé.11Merga saka precaya Rama Abrahamsaged peputra senajan panjenengané wiskliwat sepuh sarta Ibu Sarah piyambakkaanggep gabug. Rama Abraham yakinyèn Gusti Allah kwaos netepi janjiné.

IBRANI 11.12–16 4512Senajan Rama Abraham nalikasemana presasat wis séda, nangingsaka wong siji mau tedhak-turuné daditanpa wilangan cacahé, sumebar kayalintang ing langit, sarta kaya wedhi ingpinggiring segara.13Wong-wong mau kabèh padhangantepi precayané. Nalika séda durungpadha tampa prekara-prekara singdiprasetyakaké déning Gusti Allahmau, mula mung padha nyawang sakakadohan lan padha nanggapi kanthipengarep-arep. Wong-wong mau padharumangsa ana ing bumi kéné padha dadiwong manca lan wong neneka.14Srana kandha mengkono wong-wongmau padha nélakaké enggoné padhangarep-arep negara sing bakal dadiwutah getihé.15Wong-wong mau padha ora kangenkaro negara sing wis ditinggal. Saupamapadha kangena, mesthi iya wis padhamulih menyang negarané mau.16Nanging ora mengkono. Wong-wongmau malah padha cecengklungenm

marang negara sing luwih becik, singana ing swarga. Mulané Gusti Allah ora

mcecengklungen: ngajeng-ajeng sanget.

IBRANI 11.17–22 46

lingsem disebut dadi Allahé, sebab wisnyawisaké negara kanggo wong-wongmau.17Merga saka precaya Rama Abrahamngurbanaké kang putra Iskak, nalikapanjenengané kadadar déning GustiAllah. Putra mau peparingé Gusti Allahpiyambak, éwasemono Rama Abrahamrila ngurbanaké putrané ontang-anting.n18Mangka pangandikané Gusti Allahmengkéné: "Tedhak-turuné Iskak kangbakal dadi turunmu."19Sebab Rama Abraham yakin yènGusti Allah kwaos nguripaké Iskak sakaing pati; lan yèn mengkono presasatnampèni putrané wangsul saka ing pati.20Merga saka precaya Rama Iskaknyawisi berkah kanggo kang putra Yakublan Ésau.21Merga saka precaya, ngarepakésédané Rama Yakub mberkahi paraputrané Rama Yusuf karo suméndhéing tekené lan saos bekti marang GustiAllah.22Merga saka precaya Rama Yusufngarepaké sédané ngandika bab bakal

nputra ontang-anting: putra namung setunggal,mboten wonten tunggilipun.

IBRANI 11.23–27 47

budhalé wong Israèl saka ing tanahMesir, lan nilar weling bab penguburinglayoné.23Merga saka precaya rama lan ibunéNabi Musa ndhelikaké putrané ngantiumur telung sasi. Rama lan ibunépirsa yèn bayi mau rupané bagus,lan wong-wong mau padha ora wedinglawan dhawuhé Sang Prabu.24Merga saka precaya Nabi Musasawisé diwasa ora kersa disebut putranéSang Pringon.25Panjenengané pilih nandhangsangsara bareng karo umaté Allahketimbang ngrasakaké kanikmatan singora suwé saka wohing dosa.26Nabi Musa nganggep, yènkarèmèhaké déning wong mergasaka Sang Kristus kuwi luwih pengajiketimbang karo sakèhing kasugihanénegara Mesir. Awit sing dianti-anti maukanugrahan sing bakal kaparingakédéning Gusti Allah.27Merga saka precaya Nabi Musa nilartanah Mesir, ora ajrih karo dukané SangPrabu. Enggoné tansah mantep presasatpanjenengané pirsa Gusti Allah kang oraketingal.

IBRANI 11.28–33 4828Merga saka precaya Nabi Musamau mrenata Paskah, sarta ndhawuhiwong-wong padha ngepyuraké getih anaing lawang, supaya malaékating pepatiora matèni anak-anak pembarepé umatIsraèl.29Merga saka precaya wong-wongIsraèl padha bisa nyabrang SegaraTeberau kaya mlaku ana ing dharatan.Bareng wong-wong Mesir nyoba arepmèlu nyabrang, banjur padha kleleb anaing segara mau.30Merga saka precaya témbok-témbokékutha Yérikho ambruk, sawisé diubengidéning wong-wong Israèl pitung dinalawasé.31Merga saka precaya Rahab, wongwadon tuna susila kapitulungan slametlan ora dipatèni bebarengan karowong-wong sing padha nglawan marangGusti Allah, awit wis nampani telik-telikIsraèl ana ing omahé kanthi becik-becik.32Aku isih saguh terus crita, nangingwektuné ora cukup, merga aku durungnyebut Gidéon, Barak, Simson, Yéfta,Dawud, Samuèl, lan para nabi.33Merga saka precaya wong-wong maupadha perang nelukaké negara-negara.

IBRANI 11.34–37 49

Sing padha ditindakaké kuwi bener,mulané padha nampani apa sing dadijanjiné Gusti Allah. Wong-wong maupadha mbungkem cangkemé singa,34 sarta nyirep geni sing mulad-mulad.Wong-wong mau padha oncat sakalandheping pedhang. Senajan apesnanging padha dadi gagah prakosa.Sajroning peperangan wong-wong maudadi rosa sarta nelukaké wadyabalanémungsuh.35Merga saka precaya para wong wadonpadha nampani menèh wong-wongé singwis padha mati, sebab wis katangèkaké.Nanging wong-wong liyané padha pilihmati dipilara sarta ora gelem diluwari,supaya mbésuk katangèkaké, dadingalami urip sing luwih becik.36Ana menèh sing padha dipoyoki landisiksa. Liyané ana sing dibanda sartadikunjara.37Padha dibenturi watu, digraji landipatèni nganggo pedhang. Wong-wong mau padha nglembara nganggosandhangané saka lulang wedhusgibas utawa wedhus Jawa; padhakecingkrangan, disangsara sartadianiaya.

IBRANI 11.38–12.2 5038Donya iki ora pantes tumrap wong-wong mau. Padha nglambrang kayawong buronan ana ing pesamunan, laning pegunungan. Padha manggon ana ingguwa-guwa sarta ing luweng-luwengingbumi.39Saiba gedhéning kasugihané wong-wong mau kabèh merga saka precayané!Éwasemono durung padha nampa singdijanjèkaké déning Gusti Allah,40awit Gusti Allah kagungan rancangansing luwih becik kanggo kita, yakuwisupaya wong-wong mau enggonékasampurnakaké lagi mbésuk barengkaro kita.

121Tumrap kita, kita iki padhadirubung déning seksi-seksi akèh.

Mulané ayo kita padha nyingkirakésakèhing prekara sing ngalang-alangilaku kita, lan dosa sing tansahtumèmplèk ing awak kita. Ayo kita padhamèlu balapan mlayu.2Kita mung tansah padha nyenyuwunamarang Gusti Yésus, awit precaya kitakuwi mung ana ing Panjenengané,wiwitan nganti tekan wekasan. GustiYésus ora semplah sajroning nandhangsangsara ing kayu salib! Malah

IBRANI 12.3–7 51

merga saka kabungahan kang bakalkatampi, Panjenengané ora ngétangkanisthaning pati ana ing kayu salib.Lan saiki Panjenengané ngasta sakèhingpangwasa ana ing Pepréntahané GustiAllah.3Padha ngèlingana prekara-prekarasing dialami déning Gusti Yésus, nalikangadhepi wong dosa sing ngesokakésengiting atiné marang Panjenengané.Jaganen supaya atimu aja nglokro lansemplah.4Awit enggonmu perang nglawan dosakuwi durung nganti mutahaké getihmu.5Apa kowé wis padha lali karo dhawuhéAllah, sing ngandika marang kowékaya bapak marang para putrané: "Héanakku, padha titènana, yèn kowédiperdi déning Gusti Allah, lan atimuaja nglokro yèn diwelèhaké déningPanjenengané.6Gusti Allah merdi saben wong singditresnani, sarta mecuti saben wong singkaanggep putra."7Pamecut mau tampanana kaya dénépanggulawenthahé bapak. Apa ana taanak sing ora tau disrengeni déningbapakné?

IBRANI 12.8–14 528Yèn kowé ora diajar lan digulawenthahkaya anak-anaké, kuwi ateges kowédudu anaké sing absah, nanging anakjadah.9Kita padha duwé bapak ing donya,sing nggulawenthah kita lan kita ajèni.Méndahané menèh Rama ing swarga,yèn ora kudu disuyudi, supaya kitapadha keparenga urip.10Wong tuwa kita kadonyan enggonémerdi kita mung sawetara mangsa,manut apa sing dianggep becik. NangingGusti Allah enggoné merdi kita murihbecik kita dhéwé, supaya kita dadi sucikaya Panjenengané.11Pancèn! Pamerdi mau kelakoné orambungahaké, malah nyusahaké. Mungwaé sawisé kita padha nampa pamerdimau kita banjur manut karo kersanéAllah, lan ndayani urip kita dadi tentrem.12Mulané athungna tanganmu singsèngklèh lan jejegna dhengkulmu singthéklok!13Padha mlakua ing dalan sing rata,supaya sikilmu sing pincang mau ajanganti kejengklok, nanging dadia waras.14Padha rukuna karo wong kabèh, lanngudia urip sing suci. Jalaran tanpa

IBRANI 12.15–19 53

mengkono ora ana wong siji waé singbisa ndeleng marang Gusti Allah.15Padha diawas, aja nganti ana wongsing nyingkur sih-rahmaté Allah. Padhasing ngati-ati, aja nganti ana sing dadikaya thethukulan eri, sing mung gawésusahé wong akèh.16Padha sing ngati-ati, aja ana singlaku jina utawa tumindak sing asor kayaÉsau, kang ngedol wewenangé dadianak pembarep diijolaké karo pangansepiring.17Sawisé kuwi kowé padha ngerti, kayaapa Ésau enggoné kepéngin nampaniberkahé ramané, nanging ditampik, awitora olèh wewengan kanggo ndandanikeluputané, senajan olèhé nyuwun karombrebes mili.18Kowé durung padha ngalamikaya sing wis dialami déning umatIsraèl. Lelakon sing dialami mau kenadigrayang, yakuwi Gunung Sinai singgeniné mulad-mulad, pepeteng singlelimengan, angin lésus,19uniné slomprèt lan swara nggegirisising njalari wong-wong sing padhakrungu nganti padha nyuwun, supayaaja ana swaraning pangandika menèh.

IBRANI 12.20–24 5420Awit padha ora tahan ngrungokaképangandika sing dhawuh mengkéné:"Sarupané sing nggepok gunung iki,embuh kéwan, embuh manungsa, kudumati dibenturi watu."21Kaanan mengkono mau nggegirisibanget, nganti Nabi Musa ngandika:"Aku giris lan gumeter."22Nanging nyatané kowé wis padhangadhepi Gunung Sion lan kuthanéAllah kang asipat gesang, yakuwi kuthaYérusalèm kaswargan, panggonanémalaékat maèwu-èwu.23Kowé padha mlebu ing pasamuwanépara putra pembarepé Gusti Allah,sing jenengé wis padha ditulis ana ingswarga. Kowé wis padha sowan ingngarsané Allah, kang ngadili sakèhingmanungsa, sarta katunggilaké karoroh-rohé para wong mursid sing padhakasampurnakaké.24Kowé wis padha marek ana ingngarsané Gusti Yésus, sing netepaképrejanjian anyar, lan wis padha nampanigetih sing kakepyuraké, sing medharaképrekara-prekara sing luwih beciktinimbang getihé Habél.

IBRANI 12.25–29 5525Mulané padha dingati-ati, supayakowé aja padha wegah ngrungokaképangandikané kang ngandika iki. Wong-wong sing padha wegah ngrungokakémarang Panjenengané kang nglairaképangandikané Allah ana ing bumi iki, orapadha bisa nylametaké awaké dhéwé,apa menèh kita, kepriyé bisané slamet,yèn kita nyingkur Panjenengané singngandika saka ing swarga!26Nalika semana swarané nggonjingakébumi. Nanging saiki Panjenengané wisjanji: "Aku bakal nggonjingaké sepisanengkas, ora mung bumi, nanging yalangit."27Pangandika "sepisan engkas" kuwinélakaké kanthi cetha yèn alam jembarsing katitahaké iki bakal digonjingakélan dibuwang, supaya barang-barangsing ora gonjing kuwi bisa lestari.28Mulané, kita wajib padha saos sukur,déné Gusti Allah wis maringi kita tanahkelairan sing ora gonjing. Mulané ayokita padha saos panuwun lan padhangabekti marang Gusti Allah, kanthiurmat lan ajrih asih.29Awit Gusti Allah sing kita bektènikuwi kaya déné geni panglebur.

IBRANI 13.1–5 56

131Padha lestaria enggonmutresna-tinresnan, kaya déné

sedulur-sedulur sing katunggilaké karoSang Kristus.2Kowé aja padha lali awèhpamondhokan ana ing omahmu marangwong neneka. Awit tau ana wong singsrana patrap mengkono tanpa dijaragjebul nampani malaékat-malaékat.3Padha ngèlingana wong-wong singana ing pakunjaran, kaya-kaya kowédhéwé iya bebarengan karo wong-wongmau dikunjara ana ing kono. Padhangèlingana marang wong-wong singpadha nglakoni disawenang-wenang,kaya-kaya kowé uga nandhang sengsarakaya wong-wong mau.4Déné bab neningkahan, kuwidiajènana déning wong kabèh. Wonglanang lan wong wadon siji karo sijinékudu padha setya, awit Gusti Allah bakalngukum saben wong sing laku jina lanbandrèk.5Kowé aja padha karem bandha; padhamarema karo apa sing kokduwèni. AwitGusti Allah wis ngandika: "Aku orabakal négakaké kowé, lan kowé orapisan-pisan bakal Daktilar."

IBRANI 13.6–10 576Mulané kita padha ngucapa kanthiyakin mengkéné: "Gusti Allah kang bakalmitulungi aku. Aku ora wedi. Manungsabisa menggawé apa marang aku?"7Padha élinga marang parapanuntunmu, sing biyèn mulangkowé bab pangandikané Allah.Padha élinga kepriyé lelakoné ngantitekan matiné, sarta nulada marangkaprecayané wong-wong mau.8Gusti Yésus Kristus kuwi tetep, oraéwah gingsir, iya dhèk biyèn, saiki laning selawasé.9Kowé aja nganti kena diloropakédéning piwulang sing néka-néka. Singbecik yakuwi menawa nyawa kitakasantosakaké déning sih-rahmatéAllah, lan ora merga nuruti sarak-sarako

bab pangan. Wong-wong sing biyènpadha nuruti sarak-sarak mau, orapadha tampa pituwas apa-apa.10Kita padha duwé mesbèh kanggonyaosaké kurban marang Allah. Imam-imam sing padha lelados ana ing kémahéwong Yahudi, ora padha duwé wewenangmangan kurban sing ana ing mesbèhkono.

osarak: prenataning agami.

IBRANI 13.11–17 5811 Imam agungé bangsa Yahudi mlebuing Sasana Mahasuci karo nggawagetihing kéwan, minangka pambiratingdosa; nanging kéwan-kéwané dhéwékaobong ana ing sanjabané kémah.12 Iya kuwi mulané Gusti Yésus uganglampahi séda ana ing sanjabanégapurané kutha, supaya ngresikidosané umat kagungané ngagem rahépiyambak.13Mulané ayo kita padha sowan marangPanjenengané ana ing sanjabanégapura lan ndhèrèk nanggel kanisthanébebarengan karo Panjenengané.14 Ing donya kéné ora ana negara singlanggeng; mulané kita padha ngupayanegara ing jaman sing bakal kelakon.15Ayo kita tansah padha saos sukurmarang Gusti Allah, minangka kurbankita lantaran Gusti Yésus. Yakuwi kurbansing kasaosaké nganggo tetembungankagem kaluhuraning Asmané.16Aja padha lali nindakaké kabecikanlan tulung-tinulung, awit yakuwi kurbansing gawé renaning penggalihé GustiAllah.17Padha mbangun-turuta marangpara panuntunmu lan dhawuhé padha

IBRANI 13.18–21 59

èstokna. Wong-wong mau padhaora kendhat olèhé ngreksa marangnyawamu, awit kudu padha ngunjukakétanggung jawab marang Gusti Allah babenggoné leladi. Yèn kowé mbangun-turut, wong-wong mau bakal nglakonipegawéané klawan bungah, ora karongresula, awit yèn mengkono tumusép

ora becik tumrap kowé.18Aku tansah padha dongakna. Akuyakin yèn atiku resik, awit aku tansahkepéngin nglakoni prekara-prekara singbener.19Luwih menèh padha nyenyuwunasupaya Gusti Allah énggal marengakéaku bali menyang enggonmu.20Gusti Allah wis mungokaké Gustikita Yésus Kristus saka ing séda, lansaiki Panjenengané jumeneng Pangonkang pinunjul tumraping para méndakagungané. Lan iya sédané kuwi singdadi caping prejanjian langgeng.21Muga-muga Gusti Allah etukingkatentreman mraboti kowé sranasamubarang sing becik, singkokbutuhaké kanggo ngladosi kersané.Muga-muga lantaran Gusti Yésus, Gusti

ptumusé: dayanipun.

IBRANI 13.22–25 60

Allah marengaké kita padha nindakaképrekara-prekara sing gawé renaningpenggalihé. Lan supaya Sang Kristuskaluhuraké ing selawasé! Amin.22Penjalukku marang kowé, parasedulur! Piwelingku iki padha tampananaklawan sabar, awit layang iki ora dawa.23Ndadèkna sumurupmu, yèn sedulurkita Timotius wis metu saka kunjara. Yènwis tekan panggonanku, bakal dakajakbebarengan niliki kowé.24Salam pandongaku marang parapanuntunmu lan marang para umatéGusti Allah kabèh. Sedulur-sedulur singasalé saka Italia uga padha kirim salam.25Sih-rahmaté Gusti Allah anaa ingkowé kabèh.

Yakobus

11Salam saka aku, Yakobus, abdinéAllah lan abdiné Gusti Yésus Kristus,

tumekaa marang sakèhé umaté Allahkang sumebar ing salumahing bumi.2Hé, para sedulurku! Menawa kowépadha nampa pacoban werna-werna,kuwi anggepen kabegjan.3 Jalaran yèn sajroné dicoba mauprecayamu marang Gusti Allah tetep,kowé dadi saya mantep.4Udinen bisané kowé tetep enggonmungandhemi precayamu, nganti dadiasampurna lan rumangsa ora kekuranganapa-apa.5Yèn panunggalanmu ana sing kurangwicaksana, nyuwuna karo Gusti Allah,mesthi bakal diparingi, awit Gusti Allahyèn maringi marang sapa waé kanthiloma lan éklas.6Nanging yèn nyenyuwun, kudu singtemenan! Aja mangu-mangu. Awit wongmangu-mangu kuwi ora béda karoombak ing segara, sing mung mlayu

YAKOBUS 1.7–12 2

mrana mlayu mréné manut lakuningangin.7Wong sing mengkono kuwi aja ngirayèn bakal nampa apa-apa saka Gusti,8awit wong sing atiné mangro,nindakaké pegawéan apa waé ora taubisa rampung kanthi becik.9Wong-wong sing miskin padhabungaha samangsa diluhuraké déningGusti Allah.10Lan wong-wong sing sugih iyabungaha, samangsa diasoraké déningGusti Allah, awit wong sugih kuwi bakalsirna, kaya kembang suket.11Nalika srengéngé mlethèk, panasésaya sumelèt, njalari suket mau dadialum, kembangé gogrog, éndahé ilang.Mengkono uga wong sugih iya bakal sirnanalika lagi padha nglakoni pegawéanngundhakaké kasugihané mau.12Begja wong sing sajroné nampapanggodha, tetep precayané, awitsamangsa wis bisa ngalahaké panggodhamau bakal tampa ganjaran, yakuwiurip sing dijanjèkaké déning Gusti Allahmarang wong sing padha tresna marangPanjenengané.

YAKOBUS 1.13–19 313Yèn ana wong sing lagi kena ingpanggodha aja muni: "Aku digodhadéning Gusti Allah," jalaran Gusti Allahora kena digodha déning piala, sartaGusti Allah piyambak ora nggodhasapa-sapa.14Nanging saben wong digodha déninghawa-nepsuné dhéwé, sing nyèrèd lanmbujuk marang wong mau.15Lan yèn hawa-nepsu kuwi dituruti,banjur njalari dosa. Déné yèn dosa wisdilakoni, olèh-olèhané pati.16Sedulur-sedulur sing daktresnani!Aja padha kesasar.17Sakèhing peparing sing becik sartasaben ganjaran sing sampurna kuwiasalé saka ing swarga, saka Gusti Allahsing nitahaké sakèhing pepadhang inglangit. Panjenengané ora molah-malih,ora bakal mengker nilar kita ingpetengan.18Panjenengané nitahaké kita sakakersané piyambak, srana sabdané kangsuci. Mulané kita padha dadi pinunjul ingantarané para titahé kabèh.19Para sedulurku sing daktresnani!Padha diéling! Saben wong sing padha

YAKOBUS 1.20–25 4

cepet yèn ngrungokaké, nanging singalon-alon yèn caturan utawa yèn nepsu;20awit srana nepsu manungsa ora bisanglakoni kersané Gusti Allah.21Mulané sarupaning pakulinan singora prayoga lan kelakuan sing alapadha singkirana. Mbangun-turutamarang Gusti Allah; lan pangandikasing didhedher ana ing atimu kuwitampanana kanthi andhap-asor, awit iyapangandika kuwi sing nylametaké kowé.22Dhawuhé Allah lakonana, aja mungdirungokaké waé, sebab yèn mungkokrungokaké, kuwi padha karo ngapusiawakmu dhéwé.23Awit wong sing mung ngrungokakéwaé tanpa nglakoni, kuwi kaya wongsing ngilo ana ing pengilon lan mungweruh rupané.24Sawisé namataké rainé dhéwé,mangka banjur lunga, sanalika wis lalikepriyé rupané mau.25Nanging sing sapa nggatèkakédhawuhé Gusti Allah sarta nglakonikanthi tumemen, dadi ora mungngrungokaké waé, ing sabarang-gawénémesthi diberkahi déning Gusti Allah,

YAKOBUS 1.26–2.3 5

sebab dhawuhé Gusti Allah kuwisampurna lan ngluwari manungsa.26Yèn ana wong sing rumangsangabekti marang Gusti Allah, mangkaora mekak ilaté, kuwi ngapusi awakédhéwé, pangibadahé tanpa guna.27Pangabekti sing bener lan tanpacacad ana ing ngarsané Gusti Allah,Rama kita, yakuwi ngrumati para bocahlola lan para randha ing sajroningkasangsarané lan njaga supaya awakédhéwé aja nganti kena ing jejemberingdonya.

21Para sedulurku! Kowé kuwi wong-wong sing precaya marang Gusti

Yésus Kristus, Kang Mahamulya. Kowéaja nganggo mbédak-mbédakaké wongmanut kaanané tata lair.2Upamané yèn ana wong mlebu ingkumpulanmu nganggo ali-ali mas lansandhangané becik, mangka iya anawong miskin sing mlebu nganggosandhangan sarwa èlèk,3kowé banjur luwih ngajèni marangsing menganggo sarwa bregas mau lankokaturi mengkéné: "Kula aturi lenggahing kursi ingkang saé menika," mangkawong sing miskin mau koktuturi:

YAKOBUS 2.4–8 6

"Ngadega ing kono!" utawa: "Lungguhaing ngisor kéné, cedhak sikilku!"4Apa kowé ora padha gawé dosa?Awit kowé wis mbédak-mbédakaképepadhamu, lan wis mawas wongnganggo pikiran sing ora prayoga.5Sedulur-sedulurku sing daktresnani,wong-wong sing dianggep miskin ingdonya iki, ditampi déning Gusti Allahsaka enggoné precaya. Wong-wongmau padha dadi umat ing PepréntahanéGusti Allah, sing wis dijanjèkaké marangwong-wong sing padha tresna marangPanjenengané.6Nanging kowé padha ngina marangwong miskin! Coba pikiren! Sapa singnindhes kowé lan nyèrèd kowé menyangpengadilan? Apa dudu wong-wongsugih?7 Iya wong-wong sugih kuwi singnyewiyah Asmané Gusti Allah KangMahamulya, sing nimbali kowé dadi parakagungané.8Yèn kowé netepi dhawuhé Angger-anggeré Kratoné Gusti Allah, sing katulisana ing Kitab Suci: "Kowé tresnaamarang sapepadhamu, kaya marangawakmu dhéwé," kuwi wis bener.

YAKOBUS 2.9–14 79Nanging yèn kowé padha mbédak-mbédakaké, kowé dadi nglakoni dosa,lan kowé uga disalahaké déning Angger-anggering Torèt, dianggep wong singnerak angger-angger.10Sapa sing nerak Angger-anggeringTorèt siji waé, kuwi wis nerak Angger-anggering Torèt kabèh.11Sebab sing ngandika: "Kowé aja lakubédhang," kuwi iya sing ngandika: "Kowéaja mematèni." Dadi senajan kowé oralaku bédhang, nanging yèn kowé gawépati, kowé uga wis nerak angger-angger.12Enggonmu caturan lan enggonmutumindak kuwi dikaya wong sing bakalpadha diadili manut Angger-anggeringTorèt sing gawé luwaré manungsa.13Awit Gusti Allah bakal maringipaukuman tanpa nganggo kawelasanmarang wong sing ora nandukakékawelasan. Nanging sukur dénékawelasan kuwi ngalahaké pengadilan!14Para sedulurku! Apa gunané wongmuni: "Aku precaya," mangka oratumindak apa-apa? Apa precayané maubisa nylametaké uripé?

YAKOBUS 2.15–20 815Upamané ana sedulur lanang utawawadon, sing butuh sandhangan lanpangan.16Apa gunané kowé muni karo wongmau: "Wis mangkata, muga kecukupansandhang lan panganmu," mangka kowéora mènèhi marang wong-wong maubarang sing dibutuhaké?17Mengkono uga bab precaya. Yènora dikanthèni tumindak, precaya kuwitanpa guna!18Bisa uga ana wong sing munimengkéné: "Ana wong sing ngendelaképrecayané, ana liyané sing ngendelaképenggawéné." Wangsulanku mengkéné:"Coba aku tuduhna, kepriyé bisané wongnuduhaké precayané tanpa penggawé,banjur aku bakal nuduhaké marangkowé precayaku srana penggawé-penggawéku."19Kowé rak precaya ta, yèn Gusti Allahkuwi mung siji? Sétan-sétan iya precaya,lan sétan-sétan mau padha gumetermerga saka wediné!20Bodho temen kowé kuwi! Apakowé butuh bukti, yèn precaya tanpapenggawé kuwi tanpa guna?

YAKOBUS 2.21–25 921Mengkéné: "Leluhur kita Abrahamkuwi enggoné kaanggep bener anaing ngarsané Gusti Allah rak mergasaka penggawéné? Yakuwi nalikapanjenengané nyaosaké putrané Iskakana ing mesbèh.22Kuwi mau nélakaké yèn precaya lanpenggawé kuwi tumindaké bebarengan,precayané disampurnakaké déningpenggawéné."23Srana mengkono dadi bener apa singkatulis ing Kitab Suci, sing surasané:"Rama Abraham precaya marang GustiAllah, lan merga saka enggoné precayamau panjenengané kaanggep benerana ing ngarsané Gusti Allah." Mergasaka iku Abraham karan: "Mitrané GustiAllah."24Dadi saiki kowé padha ngerti, yènwong mono enggoné karukunaké karoGusti Allah iya merga saka penggawéné,lan ora mung merga saka precayanéwaé.25Mengkono uga Rahab, si sundela kaé.Rahab karukunaké karo Gusti Allah iyamerga saka penggawéné. Yakuwi nalika

asundel: pelacur (bhs. Ind.).

YAKOBUS 2.26–3.5 10

dhèwèké ndhelikaké para telikb Yahudilan nulungi wong-wong mau lolos metudalan liya.26Kaya déné badan tanpa roh kuwimati, mengkono uga precaya tanpapenggawé iya tanpa guna!

31Para sedulur! Panunggalanmu ajaakèh-akèh sing dadi guru, sebab

kowé ngerti yèn kita sing dadi gurukuwi bakal diadili luwih keras tinimbangwong-wong liyané.2Kita padha kerep gawé keluputan.Wong sing ora tau gawé keluputan sranatembung kuwi wong sing sampurna,lan bisa ngendhalèni badané sekojurtemenan.3Kita padha masang kendhali ingcangkemé jaran, supaya jaran maumanut karo kita, mula kita bisangendhalèni badané jaran kabèh.4Contoné menèh prau: senajan praumau gedhé lan disurung angin singbanter, éwasemono prau mau kenadirèh nganggo kemudhi sing mung cilikbanget, lan manut sakarepé juru-mudhi.5Mengkono uga ilat kita, senajan cilik,éwadéné bisa ngandhakaké prekara-

btelik: mata-mata (bhs. Ind.).

YAKOBUS 3.6–11 11

prekara sing gedhé. Coba pikiren! Alasgedhé, kuwi bisa sirna diobong nganggogeni mung sapelik!6 Ilat kuwi ya kaya geni, presasatgudhanging kadurakan. Sarèhné ilatkuwi pérangané badan kita, mula iyabisa gawé alané badan kita sekojur. Ilatbisa ngobong badan kita mau sranagenining nraka.7Manungsa bisa gawé tututé kéwan-kéwan sing galak, bangsa manuk, kéwansing rumangkang lan bangsa iwak.8Nanging ora ana wong siji waé singbisa gawé tututé ilat. Ilat kuwi ala lanora bisa dikendhalèni, kebak racun singmematèni.9 Ilat kita enggo saos sukur marangGusti Allah, Rama kita, nanging iya kenakita enggo ngipat-ipati wong liya, singiya katitahaké miturut citranéc GustiAllah.10Saos sukur lan ipat-ipat, kelairé sakasumber siji. Para sedulurku! Pancèné oramengkono.11Ora ana sumber sing metokakébanyu tawa lan iya banyu pait saka tuksiji?

ccitra: gambar: rupi.

YAKOBUS 3.12–17 1212Wit anjir ora bisa metu wohé zaitun;utawa wit anggur metu wohé anjir, utawasumber banyu asin ora bakal metokakébanyu tawa.13Yèn panunggalanmu ana singwicaksana lan pinter, kuwi ngétoknakawicaksanan lan kapinterané srana uripsing becik lan laku sing utama, kanthiandhap-asor lan sarèh ing budi.14Nanging yèn ing sajroning atinépadha nduwèni rasa mèri, brangasan lanmung mikir awaké dhéwé, aja padhagumunggung, awit kuwi nyulayani karodhawuhé Gusti Allah.15Kawicaksanan sing kaya mengkonomau pinangkané ora saka ing swarga,nanging saka ing donya. Ora saka RohéAllah, nanging saka Iblis.16Sebab angger ana kumèrèn, mesthiana rerusuh lan penggawé ala rupa-rupa.17Nanging kawicaksanan singpinangkané saka Rohé Allah kuwi sipatésing dhisik dhéwé suci, seneng marangkatentreman, wataké alus lan sumanak,kebak katresnan lan metokaké woh singbecik tikel-matikel. Kawicaksanan singmengkono kuwi ora mbédak-mbédakakélan ora lamis.

YAKOBUS 3.18–4.5 1318Winih sing disebar déning wongsing dhemen marang kerukunan, kuwimetokaké woh kabecikan.

41Apa sing njalari kowé padhacongkrah lan tukar padu? Apa ora

merga kowé padha seneng ngumbarhawa-nepsu lan mburu pepénginanmulan tansah padha golèk senengmudhéwé-dhéwé?2Kowé padha mélik marang sawenèhingbarang, nanging ora kelakon, banjurtuwuh niyatmu arep mematèni!Kowé kepéngin apa-apa, nanging oraketurutan, banjur padu lan kerengan.Kowé ora olèh barang sing kokpéngini,awit barang mau ora koksuwun karoGusti Allah.3Lan senajan kowé nyuwun, kowé orakaparingan, awit karepmu ala; jalaransing koksuwun mau barang-barang singarep kokenggo nguja hawa-nepsumu.4Hé wong mursal! Apa kowé padhaora ngerti yèn sing sapa memitran karodonya iki ateges dadi satruné GustiAllah?5Aja koksepèlèkaké pangandikaing Kitab Suci sing surasané: "Atiné

YAKOBUS 4.6–11 14

manungsa dikersakaké ngemungnarumaket marang Panjenengané waé."6Éwasemono sih-rahmat singdiparingaké déning Gusti Allah luwihgedhé, kaya pangandika ing Kitab Suci:"Gusti Allah nampik wong gumunggung,nanging maringi sih-rahmat marangwong sing andhap-asor."7Mulané padha wedi-asiha karo GustiAllah; Iblis lawanen, karebèn padhamlayu ninggal kowé.8Padha nyedhaka marang Gusti Allah;Panjenengané bakal nyelaki kowé.Tanganmu wisuhana, hé wong dosa! Lanresikana atimu, hé wong lamis!9Padha nlangsaa, padha nangisa lansesambata! Guyumu salinana tangis lankabungahanmu salinana kasusahan!10Padha ngasorna badanmu ana ingngarsané Gusti Allah, Panjenengané nulibakal ngluhuraké kowé.11Hé para sedulur, aja padha ngrasanilan nenacad liyan! Sing sapa ngrasaniutawa netepaké luputé seduluré,ateges nacad lan ngluputaké marangdhawuhé Gusti Allah. Yèn ngluputakédhawuh-dhawuh mau ateges kowé orasumuyud, nanging dadi hakimé.

YAKOBUS 4.12–5.1 1512Mangka sing maringaké dhawuh lanngadili manungsa kuwi mung Gusti Allah.Mung Panjenengané sing nylametakéutawa numpes. Rumangsamu kowékuwi sapa; kokarep ngadili manungsapepadhamu?13Kowé sing padha muni: "Ing dina iki,utawa sésuk aku arep menyang kuthaanu lan ana ing kana setaun lawasé,arep dagang lan golèk bathi akèh,"padha rungokna pituturku iki.14Kowé rak padha ora ngerti apa singsésuk bakal kelakon. Uripmu kuwi rakmung kaya uwab, sing katon mungsedhéla banjur ilang.15Sing bener kowé kudu munimengkéné: "Menawa Pangéranmarengaké aku kaparingan umur dawa,aku arep ngéné utawa ngono."16Nanging saiki kowé gumunggung lanumuk. Kuwi ora bener.17Dadiné saben wong sing ora nglakonipenggawé becik, mangka ngerti yènkuduné dilakoni, kuwi gawé dosa.

51Hé para wong sugih, rungoknapituturku! Padha nangisa lan

sesambata, merga kowé bakal ketamaning kasangsaran.

YAKOBUS 5.2–8 162Kasugihanmu padha bosok lansandhanganmu padha dipangan renget.3Mas lan slakamu kena ing timbrah.Iya timbrah kuwi buktiné yèn bandha-bandha mau nglawan marang kowé lanbakal ngrokoti dagingmu, kaya geni singngobong awakmu. Kowé wis numpukbandha ing dina-dina wekasan iki.4Rungokna sambaté wong-wong singpadha nyambut-gawé ing palemahanmusing padha ora kokopahi. Semono ugapangresulané wong sing padha derepana ing sawahmu wis kapireng déningGusti Allah, Kang Mahakwasa.5Uripmu ing donya kéné kepénak lankebak kasenengan. Awakmu koklelemu,kaya wedhus sing arep disembelèh.6Wong sing bener kokukum, malahkokpatèni, mangka wong mau oranglawan marang kowé.7Para sedulur! Mulané padha sing sabarnganti sarawuhé Gusti. Delengen sepirasabaré wong tani enggoné ngentènipametuning buminé, sing gedhé ajiné.Kanthi sabar enggoné ngentèni tekanéudan ing mangsa rendheng.8Mengkono uga kowé kudu padhasabar. Padha dimantep ing pengarep-

YAKOBUS 5.9–12 17

arep, awit dina rawuhé Gusti wiscepak.9Hé para sedulurku! Aja padha ngresulalan nenacad, supaya kowé aja padhadiukum déning Gusti Allah. Awit singngasta pengadilan wis mèh rawuh.Panjenengané wis jumeneng ana ingngareping lawang.10Hé para sedulur, padha élingakaro para nabi sing padha ngandikaatas asmané Allah. Tirunen sabar lanmantepé sajroné nandhang sangsara.11Para nabi mau padha diarani begja,merga enggoné padha sabar. Kowé rakwis padha krungu bab kesabarané RamaAyub, lan padha ngerti kepriyé wekasanéganjaran sing kaparingaké déning GustiAllah marang Rama Ayub mau, awitGusti Allah kuwi gedhé sih-palimirma lanpiwelasé.12Luwih-luwih, para sedulur! Yènkowé janji apa-apa poma aja nganggosumpah. Aja sumpah nganggo seksilangit utawa bumi, utawa nganggo seksiapa waé. Yèn "iya" kandhaa "iya," yèn"ora" kandhaa "ora," supaya kowé ajanampa paukuman.

YAKOBUS 5.13–18 1813Yèn kancamu ana sing susah,dongakna! Yèn ana sing seneng atiné,padha menyanyia.14Yèn ana sing lara, ngaturana parapinituwané pasamuwan, supaya padhandongakna sing lara, lan ngusapi awakésing lara mau nganggo lenga atasasmané Gusti.15Pandonga sing metu saka precaya,bakal njalari wong sing lara maukawarasaké déning Gusti lan dosa-dosané kaparingan pangapura.16Mulané padha genti ngakonanakaluputanmu lan padha donga-dinongakna, supaya kowé padhakuwarasan. Pandongané wong singnetepi dhawuhé Gusti Allah, yèndiucapaké kalayan yakin kuwi gedhésawabé.17Nabi Élia kuwi rak mung wong lumrahkaya kita. Panjenengané ndedongakanthi temen-temen supaya aja anaudan, lan telu setengah taun lawasé oraana udan temenan.18Bareng panjenengané ndedongamenèh, langit nuli ngesokaké udan lanbumi metokaké woh.

YAKOBUS 5.19–20 1919Hé para sedulurku! Yènpanunggalanmu ana wong singmurtad, banjur ana sedulur sing nuntunwong mau dadi mratobat,20ngertia yèn sing sapa mbalèkakéwong dosa saka lakuné sing nylèwèng,kuwi ateges ngentasaké nyawané wongmau saka ing pati, lan iya njalari akèhdosa sing olèh pangapura. Saka aku,Yakobus

1 Petrus

11Layangku, Pétrus, rasulé GustiYésus Kristus, tumekaa marang

umat pilihané Gusti Allah, sing padhadadi wong neneka manggon ana ingsawratané tanah Pontus, Galatia,Kapadhokia, Asia Cilik lan Bitinia.2Kowé wis padha kapilih miturutkersané Allah, Sang Rama, lan déningRohé kadadèkaké umaté kang suci,supaya kowé padha mbangun-turutmarang Gusti Yésus lan karesikaké sakadosa lan jejembering dosamu déningrahé. Panyuwunku mawantu-wantua

marang Gusti Allah, muga kowé padhakaparingana lubèring sih-rahmat lantentrem rahayu.3Pinujia Gusti Allah, Ramané Gusti kitaYésus Kristus! Merga saka gedhéningsih-rahmaté, Panjenengané wis nglairakékita menèh srana wunguné Gusti YésusKristus saka ing séda. Merga saka kuwiurip kita kebak ing pengarep-arep,

amawantu-wantu: tanpa kendhat.

1 PETRUS 1.4–8 24 lan kita padha nganti-anti marangpanduman sing kacawisaké déningGusti Allah kanggo umat kagungané.Panduman mau kasimpen kanggo kowéana ing swarga, mulané ora bisa rusak,reged utawa alum.5Panduman kuwi kanggo kowé, singpadha kareksa keslametanmu déningpangwasané Gusti Allah. Keslametanmau bakal kawedharaké mbésuk ingjaman wekasan.6Mulané padha bungah-bungaha,senajan ing wektu saiki kowékudu nandhang kasusahan mergapendadaranb rupa-rupa sing kudukokalami.7Pamrihé ora liya supaya katonamurniné precayamu. Senajan mas pisan,sing bisa rusak kuwi diuji murniné sranageni, apa menèh precayamu sing luwihaji tinimbang mas, kudu diuji iya supayakatona murniné. Temahan ing Dinarawuhé Gusti Yésus Kristus, kowé olèhpengalem, kamulyan lan kaurmatan.8Kowé padha tresna marangPanjenengané, senajan ora kokdeleng.Kowé padha precaya marang

bpendadaran: ujian (bhs. Ind.).

1 PETRUS 1.9–12 3

Panjenengané, senajan ora koksipati.Kabungahan sing kokalami kuwi gedhélan mulya banget, nganti ora kenadikandhakaké nganggo tembung.9Awit kowé wis padha tampa sing dadiwohing precayamu, yakuwi keslametanényawamu.10 Iya bab keslametan kuwi sing wisdititi-priksa klawan nastiti déning paranabi, sing padha meca bab sih-rahmatsing bakal diparingaké déning Gusti Allahmarang kowé.11Para nabi mau padha nitipriksakapan wektuné lan kepriyé patrapésih-rahmat mau kaparingaké. Lan RohéSang Kristus sing ana ing para nabi kuwinedahaké wektu mau, srana pamecanébab kasangsaran rupa-rupa sing bakaldialami Sang Kristus lan bab sakèhingkamulyan sing sawisé kuwi bakalkaparingaké marang Panjenengané.12Para nabi mau wis padha kaparinganpangerti déning Gusti Allah, yèn enggonéleladi mau ora kanggo awaké dhéwé,nanging kanggo kowé. Para nabi maupadha medharaké prekara-prekara singsaiki wis kokrungu saka wong-wong singpadha ngabaraké Injil. Wong-wong mau

1 PETRUS 1.13–17 4

enggoné martakaké srana pangwasaningRohé Allah sing kautus saka ing swarga.Senajan para malaékat pisan padhakepéngin sumurup bab prekara-prekaramau.13Mulané padha pikiren apa singarep koktindakaké. Diwaspada lanngemungna padha ngarep-arep marangberkah sing bakal diparingaké marangkowé, samangsa Gusti Yésus rawuh.14Padha mbangun-turuta marang GustiAllah, lan aja nuruti hawa-nepsu singngerèh uripmu kaya dhèk biyèn, nalikakowé isih padha bodho.15Malah padha disuci ing sadhéngahperkara sing koklakoni sajroning uripmu,kaya déné Gusti Allah kang nimbali kowéiya suci.16 Ing Kitab Suci katulis: "Padha disuci,awit Aku iki suci."17Kowé nyebut Gusti Allah ‘Rama’,samasa kowé padha ndedonga marangPanjenengané. Nanging Gusti Allahngadili kabèh wong tanpa pilihkasih, manut penggawéné dhéwé-dhéwé. Mulané uripmu ing donyapadha nganggoa wedi-asih marangPanjenengané.

1 PETRUS 1.18–22 518Sebab kowé padha sumurup apa singkanggo nebus uripmu sing tanpa guna,sing kokwarisi saka leluhurmu, dudubarang sing bisa rusak, uga dudu slakautawa mas,19nanging srana kurban sing pengajibanget, yakuwi Sang Kristus piyambak,kaya déné wedhus sing tanpa cacad lanmulus.20Panjenengané kapilih déning GustiAllah sadurungé jagad katitahaké. Mergasaka kowé Panjenengané ndungkapakir jaman iki, rawuh ing donya paringkeslametan.21Lantaran Panjenengané kowé padhaprecaya marang Gusti Allah, kangwis mungokaké Gusti Yésus saka ingséda lan maringi kamulyan marangPanjenengané; temahan saiki kowépadha precaya temenan marangGusti Allah lan mung ngendelakéPanjenengané.22Saiki sarèhné srana netepi dhawuhéGusti Allah kowé wis padha nucèkakéawakmu, temahan bisa tresna lair batinmarang pepadhamu wong-wong singprecaya, mulané padha mempenga

1 PETRUS 1.23–2.4 6

enggonmu tresna-tinresnan kanthigumolonging ati.23Awit enggonmu padha kalairakémenèh kuwi déning pangandikané GustiAllah kang gesang lan kang langgeng,kaya déné anak saka Bapak sing kalising pati, dudu bapak manungsa,24kaya sing tinulis ing Kitab Sucimengkéné: "Sakèhing manungsa kuwikaya suket, sarta kabèh kaluhuranékaya kembanging suket. Menawa suketégaring, kembangé nuli gogrog;25nanging pangandikané Pangérantetep ing selawasé." Iya kuwi pangandikasing wis diwartakaké marang kowédéning Injil.

21Mulané marènana saka sakèhingpiala. Aja padha goroh menèh, aja

lamis, aja mèri, lan aja seneng ngala-ala.2Dikaya bayi sing lagi lair, sing tansahkepéngin marang susu rohani singmurni, supaya srana ngombé mau kowédadi diwasa lan kaslametaké.3Kaya sing tinulis ing Kitab Sucimengkéné: "Kowé wis ngrasakakédhéwé kabecikané Gusti Allah."4Padha mareka marang Gusti Yésus.Panjenengané kaupamakaké watu sing

1 PETRUS 2.5–8 7

urip, sing ditampik déning manungsa,nanging dipilih déning Gusti Allah langedhé banget ajiné.5Kowé dadia kaya watu kang urip,supaya kaagem mbangun pedalemankasukman. Ana ing pedaleman kuwikowé dadi imam-imam suci, sing leladinyaosaké kurban-kurban rohani, singmerga déning Gusti Yésus Kristuskatrimah ing Allah.6Sebab ing Kitab Suci katulismengkéné: "Sejatiné Aku wis masangwatu ana ing Sion, watu tetalessing pengaji banget, déné sing sapakumandel marang kuwi mau, bakal orakewirangan."7Enggoné kasebut aji mau tumrapingkowé, sing padha precaya. Nangingtumrap sing padha ora precaya ingKitab Suci katulis mengkéné: "Watu singwis ditampik déning juru yasa omah,sing dadi watu tetales mau, uga daditanggoran lan sandhungan."8Enggoné padha kesandhungkuwi merga ora precaya marangpangandikané Allah; kaya mengkonosing dadi kersané Gusti Allah tumrapwong-wong mau.

1 PETRUS 2.9–13 89Nanging kowé kuwi bangsa sing pinilih,imam-imamé Sang Prabu, bangsa singsuci, umat kagungané Allah piyambak.Supaya padha martakaké pakaryanéGusti Allah sing ngéram-éramaké. GustiAllah wis nimbali kowé saka pepetengmarang pepadhangé kang éndah.10Biyèn kowé dudu umaté Allah,nanging saiki dadi umat kagungané.Biyèn kowé ora ngerti marang sih-rahmaté Gusti Allah, nanging saiki kowéwis ngrasakaké sih-rahmaté.11Para sedulurku sing daktresnani!Aku pitutur marang kowé, sing ana ingdonya kéné dadi wong neneka lan wongmanca! Aja padha nuruti pepénginaningbadan, awit pepénginaning badan kuwitansah nglawan marang nyawa.12Dibecik uripmu ana ing satengahingbangsa-bangsa sing ora wanuh karoGusti Allah, supaya samangsa wong-wong mau padha mitenah kowé, diaranidurjana, padha nyumurupi penggawé-penggawému sing becik, temahan padhangluhuraké Gusti Allah ing Dina rawuhé.13Demi kersané Gusti, padha sumuyudamarang sedhéngah pepréntahané

1 PETRUS 2.14–19 9

manungsa, dadia marang Kaisar, kangngasta pangwasa sing dhuwur dhéwé,14dadia marang para gubernur kangkautus ngukum para wong sing nglakonipiala, lan ngajèni wong-wong sing gawébecik.15Sebab wis dadi kersané Allah, supayakowé srana penggawé becikmu maumbungkem cangkemé wong-wong singnggladrah gunemé.16Padha uripa kaya wong merdika,nanging aja migunakaké kamerdikanmukanggo nutupi piala. Uripmu dikayaabdiné Allah.17Padha ngajènana wong kabèh; padhanresnanana sedulur-sedulurmu tunggalprecaya. Padha wedia marang GustiAllah, lan ngurmatana Sang Kaisar.18Kowé para batur, padha sumuyudakanthi pakéring marang para bendaramu,ora mung karo bendaramu sing luhurbebudèné lan sumanak, nanging ugakaro sing kereng.19Gusti Allah bakal mberkahi kowésamangsa padha betah nandhangpanganiaya sing ora adil, merga ngertiyèn kuwi kersané Allah.

1 PETRUS 2.20–25 1020Sebab yèn kowé digebugi mergatumindakmu sing ala, kuwi rak wissamesthiné. Nanging menawa singkoklakoni mau bener, mangka kowédigebugi, kuwi kowé bakal nampasih-kadarmané Allah.21Sebab yakuwi kersané Allah enggonénimbali kowé. Awit Sang Kristuspiyambak wis nandhang sangsara kranakowé, maringi tuladha supaya kowé uganglakoni kaya Panjenengané.22Panjenengané ora gawé dosa.Ngandikané ora tau goroh.23Nalika Panjenengané dipisuhi, oramales misuhi. Nalika dipilara, orangancam, nanging sumarah marangGusti Allah, kang jumeneng Hakim kangadil.24Sang Kristus piyambak wis ngrembatdosa-dosa kita srana sarirané kasalib,kuwi supaya kita padha luwar sakapangwasané dosa (tegesé: ora gawédosa menèh srana badan kita), lanpadha nindakna kersané Allah. Mergasaka bilur-biluré Sang Kristus kowé wispadha diwarasaké.25Dhèk biyèn kowé kaya wedhus-wedhus sing kesasar, nanging saiki

1 PETRUS 3.1–6 11

kowé wis padha digawa mulih, supayangetutaké Sang Kristus, Pangon lanPamomongé nyawamu.

31Mengkono uga kowé para wongwadon, padha sumuyuda marang

bojomu, supaya menawa ana wong singora precaya marang pangandikané Allah,padha kagèndènga dadi wong precaya,merga saka tingkah lakumu, tanpanganggo ngucapaké apa-apa,2mung merga saka nyawangkelakuanmu sing lugu lan mursid iku.3Aja ngemenaké enggonmu dandantata lair, kayata: srana enggonmu natarambut, utawa menganggo sandhangansing éndah.4Nanging kaéndahanmu katona sakakasusilanmu, yakuwi saka kaluhuraningbatin sing sarèh lan anteng. Ya singmengkono kuwi sing langgeng lanpengaji ana ing ngarsané Allah.5Kaya mengkono kuwi patrapé parawong wadon sing precaya dhèk jamanbiyèn olèhé padha ngrengga awaké.Wong-wong mau padha sumuyudmarang para bojoné.6Mengkono uga Ibu Sarah,panjenengané sumuyud marang

1 PETRUS 3.7–10 12

Rama Abraham kang disebut "bendara".Kowé kuwi rak para putrané putri,semono mau yèn kowé padha nglakonising becik lan ora wedi karo sapa waé.7Semono uga kowé, para wong lanang,enggonmu jejodhoan nganggoa duga-duga, nganggo ngèlingi yèn bojomuluwih ringkih badané. Padha ajènanamerga bojomu kuwi uga wong singuripé saka sih-rahmaté Allah kaya kowé,supaya pandongamu ana ing ngarsanéAllah ora kaalangan.8Wasana kowé kabèh padha nunggalarasa lan budi. Padha tresna-tinresnananakaya sedulur, ambek welasan andhap-asor.9Aja males piala nganggo piala,ipat-ipat nganggo ipat-ipat. Malahpadha mujèkna becik, merga iyamengkono kuwi maksudé enggonmupadha tinimbalan, supaya kowé padhakaberkahana. Sebab:10 "Sing sapa seneng urip lan kepénginngrasakaké dina-dina sing becik, kudumekak ilaté, aja nganti kewetu kang alasarta nyegah lambéné ngucapaké singgoroh.

1 PETRUS 3.11–16 1311Nyingkirana piala, sarta nglakonanakang becik, sabisa-bisa ngudi bisanénggayuh katentreman.12Awit tingalé Allah iku tumuju marangpara wong sing ngèstokaké dhawuhé,lan talingané nilingaké pandongané;nanging wong sing nglakoni piala dilawandéning Pangéran."13Sapa sing arep gawé ala karo kowé,yèn kowé sregep nglakoni kabecikan?14Nanging senajan kowé kudunandhang sangsara pisan merga sakaenggonmu nglakoni prekara sing becik,kowé bakal begja. Mulané aja padhawedi karo apa utawa sapa waé lan ajapadha kuwatir.15Nanging padha ngluhurna SangKristus ana ing atimu krana enggonéjumeneng Allah. Ditansah cumadhangawèh ketrangan marang saben wongbab keyakinanmu, diklawan alus lanandhap-asor.16Mengkono uga klawan rumangsanéati kang resik, supaya wong singmitenah marang kowé merga enggonmupadha dadi muridé Sang Kristus, padhakawelèh déning kelakuanmu mau.

1 PETRUS 3.17–20 1417Awit menawa pancèn dikersakakédéning Gusti Allah, luwih becik kowénandhang sangsara merga sakapenggawé bener, ketimbang karonandhang sangsara merga nglakonipiala.18Awit Sang Kristus piyambaknglampahi sangsara merga sakakowé. Panjenengané séda sepisankanggo selawasé krana sakèhing dosakita. Panjenengané kang tanpa dosa,nglampahi séda kanggo wong-wongdosa, supaya Panjenengané sagednyowanaké kita ana ing ngarsané Allah.Tumraping sarirané, Panjenenganédisédani, nanging tumraping rohéPanjenengané kawungokaké.19Srana kawontenané sing wujud rohmau Panjenengané martosaké Injilmarang roh-roh sing padha dikunjara:20yakuwi roh-rohé para wong singdhèk jamané Nabi Nuh yasa prau padhaora mbangun-turut marang Gusti Allah,senajan Gusti Allah wis ngantos-antosklawan sabar. Mung wong sawetara,yakuwi wong wolu ing sajroning prausing dislametaké, oncat saka banjir mau.

1 PETRUS 3.21–4.3 1521Semono uga kowé saiki kapitulunganslamet kanggo ibarating lelakon mau,yakuwi baptis, sing maksudé ora kanggongresiki reregeding badan, nangingminangka janji sing kokucapaké ingngarsané Allah saka ati sing resik.Baptisan kuwi sing mitulungi slametmarang kowé merga déning wungunéSang Kristus Yésus,22kang wis sumengka ing swarga lansaiki ngasta Pepréntahan bebarengankaro Gusti Allah, ngerèh sakèhingmalaékat, para pangwasa lan parapamisésa kang ana ing langit.

41Sarèhné Sang Kristus, mungguh ingsarirané, wis nglampahi sangsara,

kowé uga kudu duwé tékad singmengkono. Merga sapa sing wisnandhang sangsara cara kedagingan,kuwi wis marèni enggoné nglakoni dosa.2Mulané wiwit saiki, sajroné kowé uripana ing donya, uripmu aja kokenggonuruti kepéncuting daging, nangingenggonen nglakoni kersané Allah.3Dhèk semana wis cukup enggonmunglakoni kaya sing dilakoni déning wongora precaya, yakuwi laku jina, ngujahawa-nepsu, mendem, murang-tata,

1 PETRUS 4.4–9 16

jibar-jibur lan nyembah brahala nganggocara sing njijiki.4Nanging wong-wong mau saiki padhagumun déné kowé kokora mèlu karodhèwèké nyemplung ing kedhungbladhering dosa. Kuwi sebabé saiki kowépadha dipitenah.5Nanging wong-wong mau bakalngaturaké penjawab marang Gusti Allah,sing wis siyagac ngadili wong sing isihurip lan wong sing wis mati.6Yakuwi preluné Injil kawartakaké ugamarang wong mati, supaya senajan wispadha kaukum tumraping badan orabéda karo wong kabèh, rohé wong-wongmau bisaa urip kaya sing dikersakakédéning Gusti Allah.7Samubarang wis mèh tekan kikisé.Mulané kowé kudu padha bisa ngerèhawakmu dhéwé, diwaspada lanndedongaa.8Sing prelu dhéwé padha mempengaenggonmu tresna-tinresnan, awitkatresnan kuwi ngapura keluputan.9Padha dhangana nampani padhasedulur ana ing omahmu tanpanggrundel.

csiyaga: siap (bhs. Ind.).

1 PETRUS 4.10–14 1710Kaya déné juru-gedhong singbecik sing nampa peparingé Allahmawarna-warna, kuwi padha kagawéaladèn-linadènan manut peparingédhéwé-dhéwé.11Sing memulang, mulangnapangandikané Allah. Sing leladi, leladiasrana kekuwatan sing kaparingakédéning Gusti Allah, supaya ingsamubarang prekara asmané Allahkaluhuraké lantaran Gusti YésusKristus, awit Panjenengané kangkagungan kamulyan lan pangwasa ingselawas-lawasé. Amin.12Para kekasih, aja padha gumun ingngatasé pendadaran abot sing padhakoksangga, kaya-kaya kowé ketamanbarang sing ora lumrah.13Malah padha saosa sukur, awitkowé padha nandhang sapéranganingkasangsarané Sang Kristus, supayakowé kepareng bungah samangsa SangKristus rawuh.14Begja kowé menawa diina ing wongmerga enggonmu padha dadi muridéSang Kristus. Kuwi ateges yèn Roh kangmulya, yakuwi Rohé Allah, dumunungana ing kowé.

1 PETRUS 4.15–5.1 1815Aja ana panunggalanmu singnandhang sangsara merga matèni wong,utawa maling, utawa nyampuri urusanéwong liya.16Nanging yèn enggonmu nandhangsangsara mau merga saka enggonmudadi wong Kristen, kowé ora susah isin.Malah aturna panuwun marang GustiAllah, déné kowé diparengaké neksèniasmané Sang Kristus.17Saiki wis tekan wektuné Gusti Allahngadili jagad. Déné sing bakal diadilidhisik iku umaté Allah piyambak. Lanmenawa kita sing diadili dhisik, kepriyébakal wekasané wong-wong sing padhaora precaya karo Injilé Allah?18Kaya sing dingandikakaké déningpara nabi: "Yèn wong mursid waé angèlenggoné kaslametaké, wong duraka lanwong dosa bakal kepriyé kedadéané?"19Merga saka kuwi, sing sapa nandhangsangsara miturut kersané Allah, padhapasraha marang kang paring urip,klawan tansah nglakoni kabecikan, awitPanjenengané selawasé tansah netepiprasetyané.

51Para pinituwané pasamuwanmupadha dakpituturi, yèn enggonku

1 PETRUS 5.2–5 19

nulis iki merga aku dhéwé iki pinituwasarta seksiné sangsarané Sang Kristus,sing bakal mèlu nampa kamulyané kangbakal kebabar.2Engonen pepanthaning méndanéGusti Allah sing dipasrahaké marangkowé; reksanen klawan rilaning ati, kayasing dikersakaké déning Gusti Allah,lan aja krana kepeksa. Aja nindakaképegawéanmu merga mélik bayaran,nanging merga kaderengd déning rasakepéngin ngabdi.3Kowé aja ngerèh wong-wong kangkapitayakaké marang pangreksamu,nanging padha dadi tuladha tumrappepanthaning méndané.4Lan samangsa Pangon Agung rawuh,kowé bakal tampa makutha mulya, singcahyané ora bisa surem.5Mengkono uga kowé para nom-noman,padha sumuyuda marang para wongtuwa. Lan padha diklawan andhap-asorenggonmu padha ladèn-linadènan,sebab ing Kitab Suci katulis: "GustiAllah sengit karo wong angkuh, nangingmelasi wong sing andhap-asor."

dkadereng: didorong (bhs. Ind.).

1 PETRUS 5.6–12 206Mulané padha nungkula ingsangisoring astané Allah KangMahakwasa, supaya yèn wis tekanwektuné kowé diluhuraké.7Sakèhing sumelangmu pasrahnamarang Gusti Allah, awit Panjenenganésing ngopèni kowé.8Padha diwaras ing budi sartadiprayitna. Iblis mungsuhmu klinterankaya singa nggero-nggero golèkmemangsan.9Padha mantepa ing precaya lan Iblislawanen, awit kowé padha sumurup yènkanca-kancamu tunggal precaya sajagadwrata uga ngalami nandhang sangsarasawetara.10Gusti Allah sumbering sih-rahmat,sing wis nimbali kowé kabèh lantaranSang Kristus marang kamulyan kanglanggeng, bakal nyampurnakaké kowélan maringi kasantosan lan kekuwatansing ora bisa gingsir.11 Iya Panjenengané kuwi singkagungan pangwasa langgeng ingselawasé. Amin.12Enggonku nulis layang sing cekakmarang kowé iki srana pitulunganéSilas, sing dakanggep sedulur sing kena

1 PETRUS 5.13–14 21

diprecaya. Preluné kanggo ngatag-ataglan awèh paseksi bab sih-rahmatéAllah sing sanyata, sing prayoga padhakokandel.13Sedulur-sedulurmu tunggalsapasamuwan sing ana ing Babil, singiya pinilih déning Gusti Allah, kirim salammarang kowé. Mengkono uga anakkuMarkus.14Padha awèha salam siji karo sijinéklawan pengambung suci. Kowé kabèhpadha kaparingana katentreman ana ingpatunggilané Sang Kristus Yésus. Sakaaku, Pétrus

2 Petrus

11Layang saka Simon Pétrus, abdi lanrasulé Gusti Yésus Kristus, tumekaa

marang para sedulur sing padhakaya aku kabèh kaparingan precayamarang Gusti Yésus Kristus, Allah sartaJuru Slamet kita. Panjenengané kangnglampahi sakèhé kaleresan kanggokita.2Muga-muga sih-rahmat lan tentrem-rahayu nglubèrana kowé kabèh mergasaka enggonmu wanuh karo Gusti Allahlantaran Panjenengané.3Merga saka pangwasané, Gusti Allahwis nimbali kita lan maringi samubarangsing maédahi, supaya kita padha bisaurip lan ngabekti marang Panjenengané.Panjenengané wis nimbali kita supayakita mèlu ngrasakaké pangwasané kangmulya lan kasaénané.4Panjenengané wis netepi janjinésrana paring berkah kang adi singgedhé banget paédahé marang kita,satemah kowé padha bisa nunggil karoPanjenengané, sarta ora kedayan déning

2 PETRUS 1.5–10 2

pangrusaking hawa-nepsu sing ana ingdonya iki.5 Iya merga sing mengkono maukowé padha mempenga enggonmumbudidaya, supaya precayamu marangSang Kristus kawuwuhana penggawébecik, sarta penggawé becik maukawuwuhana kawruh.6Lan kawruhmu kawuwuhana kabisanngerèh awaké dhéwé, ngerèh awakédhéwé kawuwuhana tataging ati, lantataging ati kawuwuhana kamursidan.7Lan kamursidan kawuwuhanakatresnan marang para sedulur,lan katresnan marang para sedulurkawuwuhana katresnan marang wongkabèh.8Menawa kowé kadunungan prekara-prekara kuwi mau kabèh nganti lubèr,kawruhmu bab Gusti kita Yésus Kristusbakal marakaké panyambut-gawémusaya mempeng lan saya gedhé paédahé.9Nanging sing sapa ora nglakonikuwi mau kabèh, bakal dadi wuta lanpanemuné dadi cethèk, awit wong kuwilali, yèn dosa-dosané wis kaapura.10Mulané para sedulurku. Padhamempenga enggonmu mbudidaya,

2 PETRUS 1.11–16 3

supaya nyantosakaké enggonmu padhatinimbalan lan pinilih déning Allah.Merga menawa kowé padha nglakonimengkono, lakumu bakal ora kandheg.11Sarta kowé bakal padha kaparinganwewenang sakatogé mlebu ing KratonKang Langgeng, yakuwi Kratoné Gustilan Juru Slamet kita, Yésus Kristus.12Mulané aku bakal tansah ngélingakémarang kowé bab prekara-prekara mau,senajan kowé wis padha ngerti lanwis padha ngantepi kayektèn sing wiskoktampani kuwi.13Pancèn wis dadi kuwajibankutansah ngélingaké kowé ing ngataséprekara-prekara kuwi, selawasé aku isihurip.14Aku ngerti yèn ora suwé menèh akubakal ninggal badan jasmaniku iki, kayasing wis dipangandikakaké klawan cethadéning Gusti kita Yésus Kristus.15Mulané aku tansah mbudidayasupaya senajan aku mengko wis tilar-donya, kowé tansah kèlingan marangprekara-prekara mau kabèh.16Enggonku mulang marang kowébab Dina rawuhé Gusti Yésus Kristuskanthi ngagem pangwasa iki ora manut

2 PETRUS 1.17–20 4

dongèng-dongèng pangothak-athikémanungsa, nanging aku padha nyipatinganggo mripatku dhéwé kamulyanéSang Kristus.17Aku padha ana ing kana nalikaPanjenengané diluhuraké déningAllah Sang Rama, yakuwi nalika anaswara saka Kang Mahaluhur ngandikamarang Panjenengané, dhawuhé: "IkiPutraningsun kang Daktresnani, kanggawé renaning ati-Ku."18Aku padha krungu dhéwé swara mau,kang tekané saka ing swarga, yakuwidhèk nalika aku padha bebarengan karoPanjenengané ana ing gunung suci.19Merga saka kuwi aku padhasaya yakin tumraping pawarta singdiwedharaké déning para nabi. Saibabeciké menawa kowé uga padhanggatèkaké pawarta kuwi, sebabpawarta mau kaya lampu sing sumunarmadhangi panggonan sing peteng ngantitumekané ésuk, lan kaya cahyaninglintang panjer ésuk kang sumunar anaing atimu.20Nanging sing prelu dhéwékokgatèkaké yakuwi mengkéné: Ora ana

2 PETRUS 1.21–2.3 5

wong sing bisa njarwakaké wangsitingKitab Suci nganggo kapinterané dhéwé.21Awit ora ana pamedhar wangsité nabising asalé saka kareping manungsa;nanging merga saka pamberegé SangRoh Suci, wong-wong kuwi banjur padhamedhar wangsit atas Asmané GustiAllah.

21Kaya déné dhèk biyèn nabi-nabipalsu padha jumedhul ana ing

antarané umaté Gusti Allah, mengkonouga mbésuk bakal ana guru-guru palsupadha jumedhul ing antaramu. Wong-wong mau bakal padha nylundupaképiwulang-piwulang penasaran sing gawérusak. Wong-wong kuwi bakal nyélakiGusti sing wis nebus dhèwèké, lan sranamengkono nekakaké karusakan sing orakenyana-nyana marang awaké dhéwé.2Éwasemono akèh wong sing bakalkèlu marang pamursalé guru-gurumau. Malah merga saka penggawénéwong-wong kuwi Dalaning Kayektènbakal dicecamah.3Merga saka srakahé guru-gurupalsu mau bakal padha ngudi golèkkauntungan saka kowé srana crita-critasing diothak-athik dhéwé. Wong-wong

2 PETRUS 2.4–7 6

mau pancèn wis suwé enggoné arepdiadili. Panjenengané kang bakalnyirnakaké wong-wong mau wissamekta.a4Gusti Allah ora ngéman karomalaékat-malaékat sing padha gawédosa, lan padha kacemplungaké ingnraka. Ing kono malaékat-malaékatmau padha diranté ing panggonan singpeteng, nunggu nganti tekané DinaningPengadilan.5Gusti Allah ora nguwalaké jagad ingjaman kuna saka paukuman, nangingnekakaké banjir gedhé kanggo numpeswong-wong duraka. Sing dislametakémung Nabi Nuh, sing martakaképangandikané Gusti Allah, lan wong pituliyané.6Mengkono uga Gusti Allah nyirnakakékutha Sodom lan Gomora srana geni,minangka pepéling marang wong singarep nindakaké pamblasar.7Nanging Gusti Allah nylametakéLot, wong mursid, sing pegel atinéngrasakaké kelakuané wong-wong singpadha ora preduli marang dhawuhéGusti Allah.

asamekta: siap (bhs. Ind.).

2 PETRUS 2.8–12 78Wong mursid mau urip ing satengahélan sedina-dina ndeleng lan krungupretingkahé wong-wong sing padhamblasar, satemah atiné sing mursidpresasat kasiksa.9Kaya mengkono Pangéran pirsacarané ngentasaké wong mursid sakaing panyoba sarta carané nyadhangakéwong duraka marang paukuman ingDina Pengadilan,10 luwih menèh wong sing padha nurutihawa-nepsuning dagingé sing jember,lan ngrèmèhaké marang pangrèhingGusti Allah. Guru-guru palsu kuwipadha sembrana lan angkuh. Padhangrèmèhaké, malah nyenyamah marangtitah-titah mulya sing ana ing swarga.11Mangka para malaékat dhéwésenajan kasektèn lan pangwasané luwihgedhé ketimbang karo para guru-gurupalsu mau, ora nggugat titah-titah maunganggo tembung panyenyamah ana ingngarsané Pangéran.12Nanging wong-wong iki padhatumindak klawan hawa-nepsuningdaging kaya kéwan galak sing uripémung supaya dijiret lan dipatèni.Wong-wong kuwi padha nyenyamah

2 PETRUS 2.13–16 8

marang kang ora padha disumurupi,mulané bakal padha disirnakaké kayakéwan-kéwan galak mau.13Yakuwi bakal kasiksa merga enggonéwis nyiksa marang liyan. Wong-wongmau senengané yèn awan padhanglakoni apa waé kanggo ngumbarhawa-nepsuné. Rak ngisin-isinakébanget saupama wong-wong mau padhabebarengan mangan karo kowé, mangkapadha ora kendhat nuruti hawa-nepsunékang sarwa jember.14Padha ora bosen-bosen gawé dosalan senengané mandeng wong wadonmerga rasa kepéncut. Lan wong singringkih imané padha dibujuk. Watakéwis kulina srakah. Pancèn dhasar wongsing kena ing ipat-ipat!15Sarèhné wis padha ninggal dalaningkabeneran, mulané padha kesasar.Padha nganut dalané Biléam anakéBéor, sing seneng nampa opah tumrappenggawé-penggawéné sing ala.16Nanging Biléam banget enggonékawelèhaké merga tumindaké sing alamau, yakuwi nalika kuldi sing ora bisaguneman banjur celathu kaya manungsa

2 PETRUS 2.17–20 9

lan nyegah penggawéné nabi sing orawaras mau.17Guru-guru palsu mau kaya sumber-sumber sing asat, lan kaya méga singkabur katut ing prahara. Gusti Allah wisnyedhiakaké panggonan sing petengdhedhet lelimengan, sing nggegirisibanget kanggo wong-wong mau.18Awit wong-wong mau padhangucapaké tetembungan sing kumenthustanpa isi, sarta mbebujuk wong singlagi waé luwar saka ing kalanganéwong-wong sing uripé kesasar, nganggotembung sing nenangi hawa-nepsuningdaging.19Guru-guru palsu mau padha janjingluwari wong-wong, mangka dhèwèkédhéwé padha dadi baturé pakulinansing ngrusak manungsa, awit wong singditelukaké déning apa waé, kuwi dadibaturé sing nelukaké mau.20Yèn wong wis wanuh karo Gustilan Juru Slamet kita Yésus Kristus lansrana mengkono luwar saka jejemberingdonya, mangka banjur tiba menèh anaing jejember mau, kuwi wekasané alanéngluwihi sadurungé.

2 PETRUS 2.21–3.4 1021Luwih becik saupama wong mau orangerti pisan marang dalaning kayektèn,ketimbang karo ngerti nanging orangèstokaké dhawuh-dhawuh singkaparingaké déning Gusti Allah.22Kaanané wong-wong kuwi nocogiuniné paribasan sing mengkéné: "Asumbalèni utah-utahané, sarta babikang wis diedusi bali menèh menyangcombéran."

31Para sedulur kang dakkasihi. Ikilayangku sing kapindho marang

kowé. Ana ing layang loro-loroné akungudi nangèkaké gagasan-gagasan singmurni sajroning atimu.2Srana ngélingaké kowé marangpangandika sing biyèn wis kadhawuhakédéning para nabiné Allah, lan marangdhawuhé Gusti lan Juru Slamet lumantarpara rasul marang kowé.3Sing luwih dhisik kudu koksumurupiyakuwi mbésuk ing dina-dina wekasan,bakal ana wong-wong sing moyoki kowé;wong-wong kuwi uripé padha nurutihawa-nepsuning daging.4Pangucapé: "Jaré Gusti Yésus janjiarep rawuh menèh? Lha endi? Wiwitnalika sédané para leluhur kita, tekan

2 PETRUS 3.5–9 11

sepréné samubarang kabèh ajeg waékaya nalika donya katitahaké!"5Wong-wong kuwi njarag ora gelemngakoni yèn wiwit biyèn mula wis analangit lan bumi, sing katitahaké déningsabdaning Allah. Bumi kuwi dadiné sakabanyu lan srana banyu;6 lan merga déning banyu uga, bumising biyèn kuwi disirnakaké, yakuwidéning banjir gedhé.7Nanging déning sabdaning Allahuga langit lan bumi sing saiki iki, singmbésuk bakal kasirnakaké klawan geni,kareksa nganti tekan dinané para wongduraka diadili lan ditumpes.8Mung waé para kekasih, kowéaja kelalèn prekara siki iki, yakuwiing ngarsané Gusti sedina kuwi oraana bédané karo sèwu taun. KagemPanjenengané loro-loroné padha waé.9Gusti ora mblénjani janji singdiparingaké, kaya penganggepésawenèhing wong. SatemenéPanjenengané nyabari kowé, awitkersané aja nganti ana wong sing nemukarusakan, malah kabèh wong padhabalia lan mratobata saka dosa-dosané.

2 PETRUS 3.10–14 1210Nanging Dina rawuhé Gusti Yésuskang kapindho kuwi tekané kayamaling. Ing Dina mau langit bakal sirnaklawan swara gumuruh nggegirisi lanpérang-pérangané jagad bakal kobong,semono uga bumi dalah saisiné kabèhbakal sirna.11Sarèhné samubarang kabèh maubakal kasirnakaké kaya mengkono,mulané saiba enggonmu kudu ngudisupaya uripmu suci lan mursid.12Sajroné kowé padha nganti-antilan nguwatiraké tekané Dinané GustiAllah ngadili manungsa. Ing Dina kuwilangit bakal sirna merga déning genilan pérang-pérangné jagad bakal leburmerga déning panasé geni mau.13Nanging kita padha ngarep-arepmarang langit anyar lan bumi anyar,sing kadunungan kayektèn, kaya singdijanjèkaké déning Gusti Allah.14Mulané para kekasih, sajroné kowépadha nganti-anti marang Dina kuwimau kabèh, padha ngudia sakatogmusupaya kowé aja padha gawé dosa,malah padha tinemua tanpa cacad anaing ngarsané Gusti Allah. Padha rukunakaro Panjenengané.

2 PETRUS 3.15–18 1315Kesabarané Gusti kuwi anggepenkalonggaran sing kaparingaké marangkowé, supaya kowé olèh keslametan.Rak iya kaya mengkono surasanélayangé sedulur kita kang kinasih,Paulus, sing nulis manut kawicaksanansing kaparingaké déning Allah.16Kabèh layang-layangé Paulusngemot bab prekara kuwi. Pancèn anaprekara sawetara ing layang-layangésing angèl dipahami, temah njalarisawenèhing wong, sing ora ngerti lanringkih precayané padha salah enggonénapsiraké, ora béda karo enggoné klirunapsiraké pérangan-pérangané KitabSuci liyané. Penggawéné wong-wongmau njalari karusakané dhéwé.17Nanging kowé kabèh, para sedulurkang kinasih, wis padha sumurup babprekara kuwi. Mulané padha diawas,supaya aja padha kèlu ing panasaranéwong-wong sing padha ora ngertikaro piwulang sing bener, temahankeslametan sing kokgondhèli kuwimrucut saka ing tanganmu.18Padha saya mantepa enggonmusuméndhé ing sih-rahmaté Gusti, JuruSlamet kita Yésus Kristus, lan mundhaka

2 PETRUS 3.18 14

kawruhmu bab Panjenengané. Sartakaluhurna Asmané wiwit samengkonganti ing selawas-lawasé. Saka aku,Pétrus

1 Yohanes

11 Isiné layang iki magepokan karoSang Sabda sing dadi sumbering

urip, sing wis ana wiwit-wiwitan mula.Aku wis padha krungu lan wis padhanyipati dhéwé. Wis padha maspadakakélan wis ndemèk dhéwé.2Nalika Sang Sabda mau rawuh ingdonya wujud manungsa, aku padhandeleng Panjenengané. Mulané akupadha awèh paseksi bab Panjenenganélan martakaké bab urip sejati kangana ing Sang Rama, sing uga wiskawedharaké marang aku kabèh.3Apa sing wis padha dakdeleng landakrungu, dakwartakaké marang kowékabèh, supaya kowé lan aku bisabebarengan tetunggilan karo SangRama, lan Sang Putra Yésus Kristus.4Kabèh mau daktulis ana ingkéné supaya kabungahan kita dadiasampurna.5Déné pawarta sing wis dakrungu sakaSang Putra, lan sing wis dakwartakakémarang kowé kuwi mengkéné: Gusti

1 YOHANES 1.6–2.1 2

Allah kuwi pepadhang lan ora anapepetengé babar-pisan.6Mulané yèn kita ngaku tetunggilankaro Panjenengané, mangka kitanglakoni dosa, kuwi kita padha goroh lanurip ana ing sajroning pepeteng.7Nanging yèn kita ana ing pepadhang,kaya déné Panjenengané iya ana ingpepadhang, dadi enggon kita padhatetunggilan kuwi nyata, lan rahé GustiYésus, Sang Putra, nglebur sakèhingdosa kita.8Yèn kita muni ora duwé dosa, kitapadha ngapusi awak kita dhéwé lannyatané ora mengkono; ateges GustiAllah ora dedalem ing ati kita.9Nanging menawa kita padha ngakonidosa-dosa kita marang Gusti Allah,Panjenengané bakal netepi janjiné lantumindak adil, temah bakal ngapurasakèhing dosa kita, sarta ngresikisakèhing piala kita.10Nanging yèn kita ngaku oranglakoni dosa, dadi kita nganggepPanjenengané dora, lan ora precayamarang pangandikané.

21Anak-anakku! Enggonku kirimlayang marang kowé iki, supaya

1 YOHANES 2.2–7 3

kowé aja padha gawé dosa. Éwadénémenawa ana sing gawé dosa, kita padhaduwé Pantara ana ing ngarsané SangRama, yakuwi Gusti Yésus Kristus kangadil, Panjenengané sing mbéla prekarakita ana ing ngarsané Sang Rama.2Gusti Yésus Kristus piyambak dadisranané kita padha olèh pangapuraningdosa, lan ora ngemungaké dosa kitawaé, nanging dosané manungsa kabèh.3Titikané yèn kita padha wanuh marangGusti Allah yakuwi menawa kita padhanglakoni pepakon sing didhawuhaké.4Sing sapa muni: "Aku wanuh karoGusti Allah," mangka ora netepidhawuhé, kuwi wong goroh lan orabener.5Nanging sing sapa netepi dhawuhpangandikané, ateges nresnani GustiAllah kanthi sampurna. Yakuwi tandhanéyèn kita padha tetunggilan karo GustiAllah.6Sing sapa ngaku uripé nunggil karoGusti Allah, uripé iya kudu kaya SangKristus.7Para sedulur kang daktresnani! Singdaktulis iki dudu pepakon anyar. Ikipepakon lawas, sing wis diparingaké

1 YOHANES 2.8–13 4

marang kowé wiwit-wiwitan mula;yakuwi pawarta sing wis kokrungu sakaGusti Allah.8Éwasemono pepakon sing daktulisiki uga pepakon anyar. Pepakon iki wiskebabar ana ing Gusti Yésus Kristus lanana ing kowé, merga pepeteng lagi sirnalan pepadhang sing sejati wis sumunar.9Sing sapa kandha manggon ana ingpepadhang, nanging sengit marangseduluré, kuwi manggon ana ingpepeteng tekan sepréné.10Sing sapa tresna marang seduluré,lestari ana ing pepadhang, temah uripéora dadi sandhungan tumrap wong liya.11Nanging sing sapa sengit karoseduluré, wong mau manggon ana ingpepeteng lan lakuné ana ing pepeteng.Wong kuwi ora ngerti menyang endiparané, awit pepeteng mau marakakémripaté ora weruh dalan.12Hé Anak-anakku! Enggonku nulislayang iki awit dosa-dosamu wis diapuramerga saka Sang Kristus.13Hé, para Bapak, enggonku nulislayang iki marang kowé awit kowé wispadha wanuh marang Sang Sabda,sing wiwit-wiwitan mula wis ana. Hé

1 YOHANES 2.14–16 5

para Nonoman, enggonku nulis layangiki marang kowé merga kowé rosa.Sabdaning Allah dumunung ana ingkowé, lan kowé wis padha ngalahakéIblis.14Hé Bocah-bocah, enggonku nulislayang marang kowé, merga kowé wispadha wanuh karo Sang Rama. Hé paraBapak, enggonku nulis layang marangkowé, merga kowé wis padha wanuhkaro pangandikané Gusti Allah singwiwit biyèn mula wis ana. Hé para wongEnom, enggonku nulis layang marangkowé, merga kowé padha prakosa, sartapangandikané Gusti Allah dumunung anaing kowé, lan kowé wis padha ngalahakéIblis.15Kowé aja tresna karo donya lan karosamubarang sing ana ing kono. Awit yèntresna karo donya, kowé ora tresna karoSang Rama.16Sebab samubarang sing anaing donya iki, sing dipéngini wongdosa, yakuwi pepénginaning daginglan pepénginaning mripat. Apa singdiegung-egungaké kuwi pinangkanéora saka Sang Rama, nanging saka ingdonya.

1 YOHANES 2.17–21 617Mangka donya dalah saisiné kabèhsing disenengi déning manungsa ikinedhengé ngalami karusakan, nangingsapa sing nglakoni kersané Gusti Allahbakal urip ing selawas-lawasé.18Hé anak-anakku, pungkasaningjaman iki wis cepak. Lan nocogi karo apasing wis kokrungu, yèn Anti-Kristus bakalteka, lan saiki wis akèh Anti-Kristus singpadha jumedhul. Kuwi pretandhané yènpungkasané jaman wis cepak temenan.19Para Anti-Kristus mau padha ana ingsatengah kita, nanging satemené pancèndudu panunggalan kita, sebab saupamawong-wong kuwi panunggalan kitatemenan, mesthi padha tetep enggonénunggal karo kita. Nanging wong-wongkuwi padha ninggal kita, supaya tetélayèn satemené siji waé ora ana sing dadipanunggalan kita.20Balik kowé kabèh wis katedhakanRoh Suci, peparingé Sang Kristus. Kuwisebabé kowé kabèh padha ngerti karokersané Gusti Allah.21Enggonku nulis layang iki marangkowé ora merga kowé ora nglakonikersané Gusti Allah, nanging malahmerga kowé padha nglakoni kersané

1 YOHANES 2.22–27 7

Gusti Allah, lan uga merga kowé ngertiyèn samubarang kang goroh kuwi asaléora saka Gusti Allah.22Yèn mengkono sing tukang goroh,yakuwi wong sing kandha yèn GustiYésus kuwi dudu Sang Kristus singdijanjèkaké déning Gusti Allah. Wongkuwi sing diarani Anti-Kristus, sing orangakoni marang Sang Rama lan SangPutra.23Wong sing nyélaki marang SangPutra ateges ora ngakoni marang SangRama, lan sing sapa ngakoni marangSang Putra, iya ngakoni marang SangRama.24Mulané pawarta sing wis kokrunguwiwit-wiwitan mula kuwi ugemanatemenan. Yèn pawarta mau kokugemi,kowé bakal lestari urip tetunggilan karoSang Putra lan Sang Rama.25Lan urip langgeng sing dijanjèkakédéning Sang Kristus piyambak bakalkaparingaké marang kita.26Sing daktulis iki bab wong-wong singlagi ngudi nasaraké kowé.27Nanging tumraping kowé, SangKristus wis ngesokaké Rohé marangkowé kabèh. Lan samangsa Rohé Kristus

1 YOHANES 2.28–3.2 8

ana ing kowé, kowé ora prelu diwulangdéning sapa waé. Awit Roh mau mulangmarang kowé bab samubarang kabèh.Lan piwulangé kuwi nyata, ora goroh,mulané padha èstokna, lan padhalestaria tetunggilan karo Sang Kristus.28Hé anak-anakku! Padha tetepa anaing Sang Kristus, supaya samangsa DinaPanjenengané rawuh, kita wani sowanmarang ngarsané klawan tatag lan orasusah isin.29Kowé padha ngerti yèn Sang Kristuskuwi sugengé mbangun-turut marangkersané Gusti Allah, mulané iya padhasumurupa yèn saben wong sing nglakonikersané Gusti Allah kuwi kasebut putranéAllah.

31Rasakna! Semono gedhéné sihéGusti Allah marang kita, nganti kita

padha disebut para putrané Allah; lankita iki pancèn padha dadi para putranéAllah. Mulané jagad sing ala iki orawanuh marang kita, merga jagad orawanuh marang Panjenengané.2Sedulur-sedulurku sing daktresnani!Saiki kita padha dadi putraning Allah,nanging durung cetha kepriyé bakalkaanan kita ing tembé. Éwasemono kita

1 YOHANES 3.3–7 9

padha ngerti yèn samangsa Sang Kristusngetingal, kita bakal dadi padha karoPanjenengané, awit kita bakal padhandeleng kaananing Panjenengané ingsanyatané.3Sok wonga sing duwé pengarep-arepmengkono ing ngatasé Sang Kristus,padha nucèkna awaké dhéwé, supayapadha resika saka ing dosa, kaya dénékaanané Sang Kristus sing suci.4Wong sing gawé dosa kuwi nerakdhawuhing Allah, awit sing diarani dosakuwi nerak dhawuhing Allah.5Kowé padha ngerti yèn rawuhé SangKristus kuwi prelu mbirat dosa-dosaningmanungsa, lan Panjenengané piyambakora tau nglampahi dosa.6Mulané sok wonga sing tetunggilankaro Sang Kristus kuwi ora gawé dosamenèh. Lan sok wonga sing tansah gawédosa, kuwi durung weruh lan durungwanuh karo Panjenengané.7Anak-anakku! Kowé aja nganti kenadisasaraké déning sapa waé. Sing sapanindakaké kersané Gusti Allah kuwi dadiPutraning Allah, kaya Sang Kristus singjumeneng Putraning Allah.

1 YOHANES 3.8–14 108Sing sapa tetep nglakoni dosa kuwilairé saka Iblis, awit Iblis kuwi enggonégawé dosa wiwit-wiwitan mula. Dénérawuhé Putraning Allah ana ing jagadiki preluné nyirnakaké penggawéné Iblismau.9Saben wong sing dadi putrané Allahora tansah nglakoni dosa, awit wongmau kadunungan sipaté Allah piyambak,lan merga Allah kuwi Ramané, wongmau ora tetep nglakoni dosa.10Bédané putrané Allah lan anaké Ibliskuwi mengkéné: Sing sapa ora nglakonikersané Allah, utawa ora nresnaniseduluré, kuwi dudu putrané Allah.11Pawarta sing padha kokrunguwiwit-wiwitan mula, yakuwi: Supaya kitapadha tresna-tinresnan.12Aja kaya Kain, sing dadi anaké Iblis,temah matèni Habél seduluré dhéwé.Apa sebabé Kain matèni seduluré?Merga sekabèhé penggawéné ala, lanpenggawéné adhiné becik.13Hé para sedulur! Aja padhagumun menawa kowé disengiti déningwong-wong ing donya.14Kita padha ngerti yèn kita wisora mati menèh, nanging padha urip.

1 YOHANES 3.15–19 11

Enggon kita ngerti yèn mengkono, awitkita padha tresna marang para sedulurkita. Sing sapa ora nresnani seduluré,kuwi isih diwengku déning pati.15Sing sapa sengit karo seduluré, kuwitukang matèni wong. Lan kowé padhangerti, yèn tukang matèni wong orakadunungan urip langgeng.16Enggon kita sumurup yèn SangKristus tresna marang kita, yakuwimerga Sang Kristus wis ngetohakényawané kanggo kita; mulané kita padhakuwajiban masrahaké nyawa kita kanggosedulur-sedulur kita!17Wong sing duwé bandha kadonyan,mangka weruh seduluré kekurangan,éwasemono ora gelem awèh pitulungan,kepriyé bisané wong mau muni yèndhèwèké tresna marang Gusti Allah?18Hé anak-anakku! Enggon kitatresna kuwi aja mung ana ing lambéutawa ana ing tembung waé, nangingpadha nresnanana klawan tulusing atikinanthènan ing penggawé.19Merga kang mengkono mau kitapadha sumurup yèn kita iki asalé sakaGusti Allah. Mulané kita bisa ngadhep

1 YOHANES 3.20–24 12

ing ngarsané Gusti Allah klawan ati kangtentrem.20Yèn kita diwelèhaké déning ati kita,Gusti Allah rak ngluwihi ati kita lannguningania samubarang kabèh.21Sedulur-sedulur sing daktresnani!Yèn kita ora nganti diwelèhaké déningati kita, dadi kita padha bisa sowan ingngarsané Gusti Allah klawan ati singtatag.22Lan apa waé sing kita suwun, mesthidiparingaké, merga kita netepi sakèhingdhawuhé, sarta nglakoni apa singndadèkaké keparengé.23Ana déné dhawuhé yakuwi supayakita padha precaya marang Gusti YésusKristus, Putrané, sarta padha tresna-tinresnana kaya sing kadhawuhakédéning Gusti Yésus Kristus marang kita.24Wong sing netepi dhawuhé GustiAllah kuwi tetunggilan karo Gusti Allah,lan Gusti Allah nunggil karo wong mau.Enggon kita padha ngerti yèn Gusti Allahnunggil karo kita kuwi merga Rohé Allahkang kaparingaké marang kita kuwi singngyakinaké kita.

anguningani: pirsa.

1 YOHANES 4.1–5 13

41Para sedulur sing daktresnani! Ajapadha ngandel karo angger wong

sing ngaku kadunungan Rohé Allah,nanging padha titènana dhisik apa rohsing ana ing wong kuwi asalé saka Allahapa ora. Merga akèh nabi-nabi singjumedhul lan ndlajahi jagad kabèh.2Carané nitik apa roh mau Rohé Allahapa dudu, kuwi mengkéné: Sadhéngahwong sing ngakoni menawa YésusKristus wis rawuh ing donya awujudmanungsa, wong kuwi kadunungan RohéAllah.3Nanging sing sapa ora ngakoni GustiYésus sing mengkono mau, wong kuwiora kadunungan Rohé Allah. Wong maukadunungan rohé Anti-Kristus. Bab rohkuwi kowé wis padha krungu wartanéyèn bakal teka, lan saiki wis teka ana ingjagad.4Nanging hé anak-anakku, kowépadha para putrané Gusti Allah. Kowéwis padha ngalahaké para nabi palsu,awit Roh sing dumunung ana ing kowéngungkuli roh sing dumunung ana ingwong-wong sing asalé saka ing jagad iki.5Nabi-nabi palsu asalé saka ingjagad iki lan sing dirembug prekara-

1 YOHANES 4.6–10 14

prekara kadonyan; déné wong-wongpadha ngrungokaké tembungé, mergawong-wong mau asalé uga saka jagadiki.6Nanging kita iki para putrané Allah;wong sing wanuh marang Gusti Allahngrungokaké tembung kita. Wongsing asalé ora saka ing Allah, orangrungokaké gunem kita. Iya mengkonokuwi titikané Rohé Allah lan roh singpalsu.7Para sedulur sing daktresnani! Ayokita padha tresna-tinresnan, mergakatresnan kuwi asalé saka Gusti Allah.Sok wonga sing nindakaké katresnankuwi putrané Allah lan wanuh marangGusti Allah.8Balik wong sing ora nindakakékatresnan kuwi ora wanuh karo GustiAllah, sebab Gusti Allah kuwi asipattresna.9Gusti Allah nglairaké katresnanémarang kita srana ngutus Kang Putraontang-anting marang jagad, supayakita padha bisa nampa urip langgengmerga déning Panjenengané.10Katresnan kuwi mengkéné: Oramerga kita sing nresnani Gusti Allah,

1 YOHANES 4.11–16 15

nanging merga Panjenengané wisnresnani kita sarta ngutus KangPutra dadi mergané kita padha olèhpangapuraning dosa-dosa kita.11Hé para sedulur sing daktresnani!Sarèhné nganti semono enggoné GustiAllah nresnani marang kita, dadi kita iyapadha kuwajiban tresna-tinresnan.12Ora tau ana wong sing bisa ndelengmarang Gusti Allah, nanging Gusti Allahnunggil karo kita lan katresnané dadisampurna ana ing kita, menawa kitapadha tresna-tinresnan.13Merga Gusti Allah wis maringakéRohé marang kita, dadi kita ngerti yènGusti Allah nunggil karo kita.14Aku dhéwé wis ndeleng PutranéAllah lan saiki aku nyritakaké marangwong-wong liya, yèn Sang Rama wisngutus Kang Putra dadi Juru Slametéjagad.15Sing sapa ngakoni yèn Yésus Kristuskuwi Putrané Allah, Gusti Allah nunggilkaro wong mau, lan wong mau nunggilkaro Gusti Allah.16Kita dhéwé padha ngerti lan precayayèn Gusti Allah nresnani kita. Gusti Allahkuwi asipat tresna. Wong sing nindakaké

1 YOHANES 4.17–21 16

katresnan, uripé tetunggilan karo GustiAllah, lan Gusti Allah nunggil karo wongmau.17Yèn katresnané Gusti Allah wis kitarasakaké klawan sampurna, kita bakalora wedi marek ana ing ngarsané ingDina Pengadilan. Lan kita ora wedi,awit urip kita padha kaya Sang Kristus,senajan kita isih urip ana ing jagad.18Wong sing tresna karo Gusti Allahkuwi ora wedi, merga katresnan singsampurna mau ngilangaké rasa wedi.Wong sing wedi kuwi durung ngrasakakékatresnané Gusti Allah klawan sampurna,dadi isih kaancam ing paukuman.19Kita tresna marang Gusti Allah,merga Gusti Allah wis nresnani kita luwihdhisik.20Menawa ana wong muni: "Aku tresnamarang Allah," mangka sengit karoseduluré, kuwi goroh. Awit wong sing oratresna karo seduluré sing kasat mripat,kepriyé enggoné bisa tresna karo GustiAllah sing ora katon?21Mulané dhawuhé Sang Kristusmarang kita mengkéné: Sapa singtresna marang Gusti Allah kuwi iya kudutresna marang seduluré.

1 YOHANES 5.1–7 17

51Sok wonga sing precaya yèn GustiYésus kuwi Juru Slamet kaya janjiné

Gusti Allah, wong mau dadi putranéAllah, lan sok wonga sing tresna marangSang Rama kuwi uga tresna marangPutrané Sang Rama.2Titikané yèn kita tresna marang paraputrané Allah, yakuwi menawa kitatresna marang Gusti Allah lan nglakonipepakoné kabèh.3Awit tresna marang Allah kuwi tegesénetepi dhawuh-dhawuhé kabèh. Mangkadhawuh-dhawuhé mau tumraping kitaora abot,4merga saben wong sing dadi putraningAllah kuwagang nelukaké donya. Enggonkita nelukaké donya mau merga precayakita marang Gusti Yésus.5Sapa ta sing bisa ngalahaké pialaningjagad, kejaba wong sing precaya, yènYésus Kristus kuwi Putraning Allah?6Gusti Yésus Kristus rawuhé ingjagad mbaptis ngagem banyu lan rahésarirané sing disédani. Ora mung banyuwaé, nanging banyu lan rah. RohéAllah piyambak neksèni yèn pancènmengkono, awit Roh kuwi ora tau goroh.7Dadi ana paseksi telu:

1 YOHANES 5.8–13 188Rohé Allah, banyu lan getih,telu-teluné paseksiné padha.9Kita padha ngandel karo paseksinémanungsa, mangka paseksiné GustiAllah luwih kuwat. Lan iya pancènmengkono paseksiné Gusti Allah babPutrané.10Mulané wong sing precaya marangPutraning Allah, wis kaparingan paseksimau ana ing batiné. Wong sing oraprecaya marang Gusti Allah, kuwinganggep yèn Panjenengané dora,awit ora ngandel karo paseksi sing wiskalairaké déning Gusti Allah ing ngataséSang Putra.11Paseksiné Gusti Allah mau mengkéné:Allah wis maringi kita urip sejati singsipaté langgeng, lan urip langgeng kuwietuké ana ing Sang Putra.12Sapa sing nduwèni Sang Putra, kuwinduwèni urip sing sejati, yakuwi uriplanggeng; lan wong sing ora nduwèniSang Putra, iya ora nduwèni uriplanggeng mau.13Enggonku nulis prekara iki maukabèh marang kowé, supaya kowé singpadha precaya marang Putraning Allah,

1 YOHANES 5.14–18 19

padha ngertia, yèn kowé kabèh kuwipadha nduwèni urip langgeng.14Lan kita klawan kendel wani sowanana ing ngarsané Gusti Allah, mergaPanjenengané nyembadani apa waésing kita suwun, sing nyondhongi ingkersané.15Sarèhné kita ngerti yèn Panjenenganényembadani marang panyuwun kita babapa waé, dadi kita uga ngerti yèn apasing kita suwun mau wis diparingaké.16Yèn kowé weruh sedulurmu wongprecaya gawé dosa sing ora nekakaképati langgeng, ndedongaa marangGusti Allah, temah Panjenenganébakal maringi urip marang wong mau.Kuwi tumraping wong sing dosané oranekakaké pati langgeng. Nanging iyaana dosa sing nekakaké pati langgeng;tumraping dosa kuwi aku ora akonndongakaké marang Gusti Allah.17Sakèhing piala kuwi dosa, nangingana dosa sing ora nekakaké pati.18Kita ngerti yèn wong sing wis dadipara putraning Allah kuwi ora nglakonidosa, awit kaayoman déning PutraningAllah, temah ora bisa kagepok déningIblis.

1 YOHANES 5.19–21 2019Kita ngerti yèn asal kita iki saka ingAllah. Senajan sajagad kabèh kawengkudéning Iblis.20Nanging kita sumurup yèn PutraningAllah wis rawuh ing jagad. Panjenenganéwis maringi pangerti marang kita,supaya kita wanuh marang Gusti Allahsing sejati. Urip kita iki tetunggilan karoGusti Allah sing sejati mau ana ing KangPutra Yésus Kristus, Panjenengané kuwiAllah sejati; iya Panjenengané kuwi uripsejati sing langgeng.21Hé, anak-anakku! Padha ngedohanasakèhing brahala.

2 Yohanes

11Layang saka aku, pinituwa, tumekamarang Ibu kang pinilih déning

Gusti Allah lan marang anak-anakésing daktresnani banget. Ora mung akuwaé, malah sakèhé wong sing precayamarang kabar kabungahan saka GustiAllah, padha nresnani kowé kabèh.2Awit kabar mau tetep dumunung anaing ati kita lan bakal nunggal karo kitaing selawasé.3Berkah, sih-rahmat lan tentremrahayu saka Allah Sang Rama, lan YésusKristus, Kang Putra kaparingna marangkita, temah urip kita bisa mbabarakékayektèn lan katresnan.4Aku bungah banget weruh anak-anakmu ana sawetara sing uripéngambah dalan sing bener, condhongkaro dhawuhé Sang Rama marang kita.5Mulané, hé Ibu kang daktresnani!Banget penjalukku, supaya kita kabèhpadha tresna-tinresnan. Kang daktulisiki dudu prekara anyar; merga pepakon

2 YOHANES 1.6–10 2

iki wis diparingaké marang kitawiwit-wiwitan mula.6Nresnani kuwi tegesé urip manutpepakon-pepakoné Gusti Allah. Lanpepakon sing wis padha kokrungu ingwiwit-wiwitan mula, yakuwi kowé kudupadha tresna-tinresnan.7Awit akèh juru-panasaran sing padhajumedhul lan ndlajahi jagad. Wong-wongmau padha ora ngakoni yèn Gusti Yésuswis rawuh ing jagad ngagem sariramanungsa. Wong-wong sing mengkonokuwi tukang ngapusi, kuwi Anti-Kristus.8Mulané padha diawas, aja ngantikélangan kaprecayan sing wisdakdhedher ana ing kowé, malah ngudiageneping enggonmu nampani opahéprecayamu.9Sing sapa ora ngantepi piwulangéSang Kristus, malah nyimpang sakapiwulang mau, wong kuwi ora nunggilkaro Gusti Allah. Nanging sing sapangantepi piwulang kuwi, wong maunduwèni Sang Rama lan Sang Putrapisan.10Mulané yèn kowé padha katekananwong sing ora nggawa piwulangé

2 YOHANES 1.11–13 3

Sang Kristus, aja koktampani ana ingomahmu, lan aja koksalami.11Awit sing sapa nyalami, ategesmbiyantu penggawéné sing ala mau.12Sakjané akèh prekara sing preludakkandhakaké marang kowé, nangingluwih becik ora nganggo layang.Pengarep-arepku bisaa ketemu dhéwé,lan guneman adu arep, supaya ati kitapadha maremé.13Para sedulur kinasih ing pasamuwankéné padha kirim salam marang kowé.

3 Yohanes

11Layang saka aku, pinituwanépasamuwan, tumekaa marang

Gayus, sing daktresnani klawan tulusingati.2Pandongaku muga kowé ginanjaraslamet lan kaparingana bagaskawarasan, ora béda karo beciking uripékasukmanmu.3Aku bungah banget nalika ana sedulursawetara sing teka lan ngabaraké babenggonmu mituhu marang pangandikanéGusti Allah, awit pancèn uripmu tansahnyondhongi karo Injiling Allah mau.4Lan ora ana kabungahan singngungkuli gedhéning kabungahankumenawa krungu yèn uripé anak-anakkupadha miturut Injiling Allah.5Sedulurku kang kinasih! Kasetyanmumarang Injil ketitik saka lelabuhanmumarang para sedulur tunggal precaya;malah sing durung tepung karo kowépisan iya kokladèni.6Wong-wong mau wis padha nyritakakémarang pasamuwan ing kéné bab

3 YOHANES 1.7–10 2

katresnanmu. Penggawému kuwi becikbanget, déné kowé wis nulung wong-wong mau nganti padha bisa nerusakélakuné, srana patrap sing gawé renaningpenggalihé Gusti Allah.7Awit wong-wong mau padha nglakoniayahané Sang Kristus, lan nalikalelungan padha ora nampani apa-apasaka wong-wong sing ora precayamarang Gusti Allah.8Mulané, kita wong-wong precayakuwajiban mbiyantu wong-wong singkaya mengkono mau, supaya sranamengkono kita padha mèlu ngréwangiwong-wong mau sajroné ngabarakéInjiling Allah.9Aku wis nulis layang cekak marangpasamuwan, nanging Diotrèfès, singkepéngin dadi pengareping pasamuwan,ora maèlu tembungku.10Mulané mbésuk satekaku bakaldakwelèhaké sing dadi penggawéné,yakuwi bab enggoné ngala-ala marangaku sakanca klawan dora-cara. Malahora mung kuwi waé. Nalika sedulur-sedulur sing ngabaraké Injil kuwi teka,ditulak déning Diotrèfès. Sapa singarep nampani sedulur-sedulur mau

3 YOHANES 1.11–14 3

padha ditampik, lan disébrataké sakapasamuwan.11Gayus kang kinasih. Aja nulad lelakonsing ala, nanging nulada marang singbecik. Wong sing gawé becik kuwi asalésaka Gusti Allah, nanging sapa sing gawépiala kuwi ora wanuh karo Gusti Allah.12Wong kabèh padha awèh paseksibecik tumrap Démétrius. Malah miturutpiwulangé Injil pisan dhèwèké kuwiwong becik. Semono uga aku kabèh iyapadha awèh paseksi becik, lan kowéweruh yèn paseksiku mau nyata.13Akèh prekara sing arepdakkandhakaké marang kowé,nanging luwih becik ora nganggo layang.14Pengarep-arepku aku bisaa énggalniliki kowé, supaya bisa guneman aduarep. (1-15) Kowé pinaringana tentremrahayu. Kanca-kancamu sing ana ingkéné padha kirim salam. Lan salamkuterusna marang mitraku kabèh siji-siji.

Yudas

11Layang saka Yudas, abdiné GustiYésus Kristus, sarta seduluré

Yakobus, tumekaa marang para sedulur,sing katimbalan lan dikasihi déning AllahSang Rama, tuwin rineksa déning GustiYésus Kristus.2Gusti Allah muga nglubèrana berkah,sih-rahmat lan tentrem-rahayu marangkowé kabèh.3Para sedulur kang kinasih! Bangetenggonku kepéngin nulis layang marangkowé bab keslametan sing wis padhakita alami. Mulané saiki aku kederengnulis layang iki saprelu mituturi kowé,supaya padha tetepa setya enggonmumbélani precayamu sing wis kaparingakédéning Gusti Allah marang para umaté,sepisan kanggo selawasé.4Merga ana sawetara wong duduKristen nlusup ing satengahmu, yakuwiwong sing wis padha kapesthi bakalkaukum. Kuwi wong ora precaya singmulangaké sih-rahmaté Gusti Allah

YUDAS 1.5–7 2

kanggo pawadana ngumbar hawa-nepsu,sarta nyélaki marang Gusti YésusKristus, Gusti kita, sing jumenengPangwasa tunggal.5Kowé wis padha ngerti bab kuwimau kabèh. Éwasemono aku kepénginngélingaké kowé bab enggoné Gustingentasaké umat Israèl saka ing tanahMesir, lan sebanjuré numpes wong-wongpanunggalané sing padha ora precaya.6Mengkono uga bab enggonéGusti wis nahan para malaékat singora padha netepi wates-watesingwewenangé, nanging padha ninggalpapan padunungané. Para malaékat mauselawasé padha diblenggu ana ing papansing peteng ndhedhet nganti tekanépengadilan ing Dina sing nggegirisi.7Padha kaya Sodom lan Gomora, tuwinkutha-kutha ing sakiwa-tengené singpadha laku jina lan ngumbar hawa-nepsusing ora lumrah, kaya sing ditindakakédéning para malaékat mau. Wong-wonging kutha kono padha kasiksa ing genilanggeng, minangka pepéling tumrapsakèhing manungsa.

apawadan: alesan.

YUDAS 1.8–11 38Mengkono uga wong-wong singpadha nlusup ing satengahmu padhangimpi-impi nglakoni dosa sing njemberimarang awaké dhéwé. Wong-wong kuwipadha ngrèmèhaké pangwasané Allahsarta nyenyamah para malaékat mulyakang ana ing swarga.9Mikhaèl dhéwé, penggedhéné paramalaékat, ora tumindak mengkono.Nalika padu karo Iblis bab sapa singwenang tumrap layoné Nabi Musa,Mikhaèl ora wani ndakwa Iblis nganggotembung-tembung sing nyenyamah,mung muni: "Kowé ketamana dukaningAllah kang banget!"10Mangka wong-wong iki padhanyenyamah marang kang oradisumurupi. Wong-wong kuwi kayakéwan galak sing ora duwé budi, lan singmung katuntun déning naluri. Nangingiya prekara-prekara sing disumurupikuwi sing njalari karusakané.11Cilaka banget wong-wong mau,sebab padha nulad lakuné Kain. Mergaenggoné mburu opah, wong-wong kuwipadha nindakaké keluputan sing dilakonidéning Biléam. Wekasané wong-wong

YUDAS 1.12–14 4

kuwi bakal padha tumpes, merga sakaenggoné mbaléla kaya déné Korah.12Samangsa padha mèlu mangan anaing bujana-katresnanmu,b wong-wongkuwi mung gawé camahingc bujana mau.Awit wong-wong mau enggoné manganora duwé isin, mung mikir wetengédhéwé. Wong-wong kuwi kaya mégatanpa banyu, sing kabur déning anginora dadi udan. Kaya wit-witan sing ingmangsané ngundhuh ora metokaké woh,iya presasat wit-witan sing rungkad lanwis mati babar-pisan.13Kaya ombak ing segara singngetokaké umpluking kanisthanédhéwé, yakuwi penggawéné rupa-rupasing ngisin-isini. Kaya lintang-lintangsing nglembara,d sing wis kacawisanpapan déning Allah ana ing pepetenglelimengan langgeng selawasé.14Mungguh ing wong-wong mau,Hénokh, putra turunan kapitu saka

bbujana-katresnan: nedha sesarengan kanggénélakaken katresnan lan pasedhèrèkan, manuttata-cara jaman semanten. Tembungipun Yunani:Agapé.ccamah: najis, cacad, reged.dnglembara: nglambrang.

YUDAS 1.15–19 5

bapak Adam, wis meca mengkéné:"Delengen, Gusti bakal rawuhkadhèrèkaké déning para malaékat kangsuci, éwon cacahé.15Panjenengané nedya ngadili wongkabèh, sarta matrapi paukumanmarang sakèhing wong duraka mergasaka pamblasaré, lan merga sakasakèhing tembung nistha sing diucapakéwong-wong mau marang Gusti Allah."16Wong-wong kuwi tansah padhanggrundel lan sesambat. Uripé ngumbarhawa-nepsuné sing nistha. Senengngalem marang awaké dhéwé, sartangonggrong wong liya supaya olèh opah.17Nanging para sedulur, padha élingamarang pangandika sing dhèk biyèn wiskawedharaké déning para rasulé GustiYésus Kristus.18Kowé wis padha dingandikani:"Mbésuk ngarepaké jaman wekasanbakal muncul wong-wong singpadha moyoki marang kowé; yakuwiwong-wong sing uripé padha nurutihawa-nepsuné daging."19Wong-wong mau bakal gawé crahing pasamuwan lan mung nuruti

YUDAS 1.20–25 6

pepénginané dhéwé, merga wong-wongkuwi padha ora kadunungan Roh Suci.20Nanging mungguh ing kowé parasedulur, padha mbanguna awakmudhéwé adhedhasar imanmu singmurni, lan padha ndedongaa nganggopangwasané Sang Roh Suci.21Sajroné nganti-anti marang sih-rahmaté Yésus Kristus, Gusti kita, singmaringi urip langgeng, tansah padhalestaria ana ing sihé Gusti Allah.22Wong sing atiné isih mangu-mangupadha welasana.23Wong-wong kuwi padha entasna sakaing geni murih slameté. Welas-asihmutandukna marang wong-wong liyanédikanthènana rasa wedi, nangingpadha sengita karo sandhanganéwong-wong sing dijemberaké déningpepénginan-pepénginaning daging.24Gusti Allah sing kwasa rumeksaamarang kowé, supaya aja nganti tumibaing dosa. Panjenengané iya kwasanuntun kowé nganti kowé tekan ingngarsané, klawan bungah lan tanpacacad.25 Iya mung Gusti Allah piyambak kangjumeneng Juru Slamet kita lantaran

YUDAS 1.25 7

Yésus Kristus, Gusti kita. Panjenenganékuwi Allah sing kagungan kamulyan,kasektèn lan pangwasa sadurungéjagad dumadi tekan sepréné nganti ingselawas-lawasé. Amin.

Wahyu

11Kitab iki isiné wahyu singdiparingaké déning Gusti Yésus

Kristus, yakuwi prekara-prekara singbakal kelakon. Gusti Allah ndhawuhiSang Kristus supaya nedahaké marangpara abdiné Allah bab apa waé singpinesthi énggal kelakon mau. SangKristus wis medharaké bab mau marangYohanes, abdiné, lumantar malaékatutusané.2Yohanes banjur nyritakaké kabèhsing wis dideleng mau; cocog kayasing dingandikakaké déning Gusti Allahmarang Gusti Yésus Kristus.3Begja wong-wong sing padhamacakaké lan sing padha ngrungokakésarta nglakoni surasané pangandika singkatulis ana ing kitab iki, merga ora suwémenèh kabèh mau bakal kelakon.4Layang iki saka Rasul Yohanes,tumekaa marang pasamuwan pitu ingtanah Asia Cilik. Gusti Allah kang saikiana, lan kang biyèn wis ana, sarta kangbakal rawuh maringana sih-rahmat

WAHYU 1.5–8 2

lan katentreman marang kowé kabèh.Semono uga roh pitu sing padhanyarengi pangwasané,5apa déné Gusti Yésus Kristus, Seksikang setya, kang wungu dhisik dhéwésaka ing séda, lan sing ngwaosi sakèhingpangwasa ing bumi iki. Gusti Yésus singngasihi kita lan sing wis ngicali dosa kitasrana rahé,6Panjenengané wis ngangkat kitadadi ratu-ratu lan imam-imam kagemGusti Allah, Ramané. Iya Gusti YésusKristus kuwi sing kagungan kamulyanlan pangwaos ing selawas-lawasé. Amin.7Delengen! Panjenengané rawuhana ing méganing langit lan sabenmripat bakal ndeleng Panjenengané;semono uga wong sing wis padhanjojoh Panjenengané. Sakèhing bangsaing bumi bakal padha sambat-sambatnangisi awaké dhéwé, merga sakaPanjenengané. Iya pancèn mengkono!Amin!8 "Aku iki Alfa lan Oméga" (KangWiwitan lan Kang Pungkasan) mengkonopangandikané Gusti Allah, sing saikiana, lan sing biyèn ana, sarta sing bakalrawuh ngasta Pangwasa.

WAHYU 1.9–13 39Aku iki Yohanes, sedulurmu lankancamu ing sajroning kasusahan.Kita padha-padha dadi warganingKratoné Allah, lan padha-padha ngugemiasmané Yésus klawan tumemen. Akudibuwang ana ing pulo Patmos mergasaka enggonku ngabaraké Injil, singdiwulangaké déning Gusti Yésus.10Mbeneri ing dina Minggu aku dikwaosidéning Roh Suci, nuli aku krunguswara seru ana ing mburiku kaya uninékalasangka.a11Pangandikané: "Apa sing kokdelengkuwi tulisen ana ing Kitab Suci lankirimna marang pasamuwan pitu.Yakuwi: Pasamuwan-pasamuwan Éfesus,Smirna, Pèrgamus, Tiatira, Sardis,Filadèlfia, lan pasamuwan Laodikia."12Aku nuli nolèh, kepéngin weruh sapasing ngendikani aku mau. Aku weruhpedamaran pitu, kagawé saka emas.13 Ing tengah-tengahé lampu pitu mauana wong ngadeg mèmper PutraningManungsa, ngagem jubah, sing dawanénganti klangsrah tekan sampéyané.Jajané ngagem sabuk emas.

akalasangka: slomprèt.

WAHYU 1.14–20 414Sirah lan rémané putih kaya wuluwedhus gèmbèl, memplak kaya kapas,lan mripaté kaya urubing geni.15Sampéyané kaya tembagamengangah ing prapèn. Swaranékaya gumrojoging banyu.16Astané tengen ngasta lintang pitu,saka tutuké metu pedhangé sing landhepkiwa-tengen. Wedanané mencorongkaya srengéngé ing wayah awan.17Nalika weruh Panjenengané mauaku nuli krungkep presasat wong mati.Nanging aku banjur ditumpangi astanétengen lan dingandikani: "Aja wedi!Aku iki sing ngasta pangwasané KangWiwitan lan Kang Pungkasan.18Aku iki sumbering urip! Aku wismati, nanging delengen, Aku urip ingselawasé. Aku sing ngwasani pati lanngwasani jagadé wong mati.19Mulané apa sing wis kokdeleng kuwitulisen, yakuwi prekara-prekara singkelakon saiki iki, lan sing mbésuk bakalkelakon.20Mungguh tegesé lintang pitu singkokdeleng ana ing asta-Ku tengen lanpedamaran emas pitu iki mengkéné:Lintang pitu kuwi para malaékaté

WAHYU 2.1–5 5

pasamuwan pitu lan pedamaran emaspitu kuwi pasamuwan pitu mau."

21 "Nulisa marang malaékatépasamuwan ing kutha Éfesus

mengkéné: Iki pangandikanéPanjenengané kang ngasta lintangpitu ing astané tengen lan kang tindak-tindak ing antarané pedamaran emaspitu mau.2Aku ngerti sakèhing penggawému:Akèh pegawéan sing wis koktandangiklawan tataging ati. Aku ngertienggonmu ora nguja marang wongsing ala lakuné, lan enggonmu wisndadar wong-wong sing ngaku-akurasul, mangka ing sanyatané dudu; dadicethané para wong tukang goroh.3Aku weruh enggonmu sabar sartaenggonmu nandhang sangsara mergasaka Aku, éwasemono kowé padha orasemplah.4Nanging ana saprekara sing oraDaksenengi: Yakuwi enggonmu wisninggal katresnanmu sing kawitan.5Mulané padha ngrumangsananabangeté mundurmu! Padha mratobata,ninggala dosa-dosamu, lan padhanglakonana apa sing koktindakaké

WAHYU 2.6–10 6

sekawit. Yèn kowé ora mratobat, Akumesthi bakal rawuh lan bakal mundhutpedamaran mau saka ing panggonané,kejaba yèn kowé padha mratobat sakadosa-dosamu.6Nanging iya ana saprekara sing becik:Yakuwi enggonmu padha sengit karopenggawéné para penganuté Nikolaus,sing iya Daksengiti.7Sapa sing ngrungu, padha nggatèknaapa sing dingandikakaké déningSang Roh Suci marang pasamuwan-pasamuwan. Sing sapa tumemen bakalDakparengaké mangan wohing witpanguripan sing ana ing petamananéGusti Allah."8 "Nulisa marang malaékaté pasamuwaning kutha Smirna mengkéné: Ikidhawuhé Sang Awal lan Sang Akir, singwis séda lan gesang menèh:9Aku ngerti kasusahanmu. Kowémlarat, nanging satemené sugih! Akungerti enggonmu diala-ala déning wong-wong sing ngaku-aku wong Yahudi,mangka satemené dudu. Sejatinéwong-wong kuwi umaté Iblis.10Kowé aja wedi karo kasangsaransing sedhéla menèh bakal nekani

WAHYU 2.11–14 7

kowé. Lan Iblis bakal nglebokaké wongpanunggalanmu sawetara ana ingpakunjaran kanggo nyoba kowé. Kowébakal nandhang kasusahan sepuluhdina lawasé. Tetepa setya marangAku, senajan nganti tumeka ing pati;temahan kowé bakal Dakganjar uripsejati kang asipat langgeng, minangkamakuthaningb kemenanganmu.11Sing sapa ngrungu nggatèkna apasing dingandikakaké déning Rohé Allahmarang pasamuwan-pasamuwan! Singsapa tetep pangabektiné bakal oradisangsara déning pati sing kapindho."12 "Nulisa marang malaékatépasamuwan ing kutha Pèrgamusmengkéné: Iki dhawuhé Kang ngastapedhang landhep kiwa-tengen:13Aku ngerti panggonanmu, yakuwiing kutha krajané Iblis. Kowé padhasetya marang Aku. Malah nalika Antipas,seksi-Ku sing setya, dipatèni ana ingsatengahmu, iya ana ing kratoné Iblis,kowé padha ora nyélaki precayamumarang Aku.14Senajan mengkono, ana prekarasawetara sing ora Daksenengi tumraping

bmakutha: mahkota (bhs. Ind.).

WAHYU 2.15–18 8

kowé, yakuwi panunggalanmu anawong-wong sing padha kèlu karopiwulangé Biléam. Biléam mau ngajaniBalak supaya njlomprongaké wongIsraèl karebèn padha gawé dosa, sranamangan sesajèné brahala sarta laku jina.15Mengkono uga panunggalanmu anawong sawetara sing kèlu karo piwulangéwong-wongé Nikolaus.16Mulané padha mratobata! Awit yènora, mengko Aku bakal énggal nekanikowé lan nglawan wong-wong maunganggo pedhang sing ana ing tutuk-Ku.17Sapa sing krungu, nggatèkna apasing dadi pangandikané Sang RohSuci marang pasamuwan-pasamuwan.Sing sapa unggul bakal Dakparingimangan manna sengkeran, sarta bakalDakparingi watu putih. Ing watu maukaukir jeneng anyar, sing ora dingertèniing wong, kejaba mung sing diparingimau."18 "Nulisa marang malaékatépasamuwan ing kutha Tiatira mengkéné:Iki dhawuhé Putraning Allah, kangpaningalé kaya urubing geni lansampéyané kaya tembaga mengangah.

WAHYU 2.19–23 919Aku ngerti penggawému kabèh:Iya katresnanmu, iya kasetyanmu,pengabdianmu lan kaantepanmusajroning nandhang sangsara. Aku ngertiyèn penggawému sing kèri dhéwé ikiluwih becik ketimbang karo sing wiwitan.20Nanging ana saprekara sing oraDaksenengi tumraping kowé: Yakuwienggonmu ngumbar Izébèl, wongwadon sing ngaku-aku nabining Allah,memulang lan nasaraké para abdi-Kusupaya padha laku jina lan mangansesajèné brahala.21Aku wis maringi wektu marang wongmau, nanging ora gelem mratobat sakaenggoné laku jina.22Mulané wong kuwi bakal Dakbantingnganti dadi lara nggléthak ana ingpeturon. Ana ing kono Izébèl lanwong-wong sing padha laku jina karodhèwèké bakal nandhang kasangsarangedhé. Kuwi bakal énggal Daktindakaké,semono mau yèn padha ora marènilelakoné sing ala kuwi.23Wong-wong sing padha kèlu karoIzébèl mau iya bakal Daktumpes,supaya sakèhé pasamuwan padhangerti yèn Aku pirsa isining nalar lan

WAHYU 2.24–3.1 10

budining manungsa. Sarta Aku bakalmales marang kowé kabèh, miturutsapenggawému dhéwé-dhéwé.24Nanging tumrap wong-wong liyanéing kutha Tiatira, sing ora kèlu ingpiwulang mau lan ora nyinau ngèlmu-ngèlmuning Iblis, Aku prejanji: Aku oraarep nambahi momotan liyané marangkowé.25Nanging apa sing koklakoni mauugemana nganti sateka-Ku.26Sing sapa teguh imané lan tansahnindakaké préntah-Ku nganti tekan ingwekasan, bakal Dakganjar pangwasapadha karo pangwasa sing Daktampasaka Rama-Ku.27Wong-wong mau bakal padha ngerèhpara bangsa nganggo teken wesi; lanbangsa-bangsa bakal diremuk kayagrabah.28Wong-wong mau uga bakalDakparingi lintang panjer ésuk.29Sapa waé sing krungu padhangrungokna apa sing dadipangandikaning Rohé Allah marangpasamuwan-pasamuwan."

31 "Nulisa marang malaékatépasamuwan ing kutha Sardis,

WAHYU 3.2–5 11

mengkéné: Iki dhawuhé Panjenenganékang kagungan Rohé Allah pitu lanlintang pitu. Aku ngerti sakèhingpenggawému. Kowé padha diarani urip,mangka satemené mati!2Mulané tangia, lan tutugna apa singkoklakoni sadurungé mati babar-pisan,awit penggawému mau ora ana sijiwaé sing sampurna ana ing ngarsanéAllahmu.3Coba éling-élingen menèh, apa singbiyèn wis diwulangaké marang kowé lanapa sing wis koksaguhi, kuwi tetepanalan kowé padha mratobata. Yèn kowéora tangi, Aku bakal nekani kowé kayapatrapé maling, sarta kowé ora bakalngerti wayah apa enggon-Ku teka mau.4Nanging panunggalanmu ing kuthaSardis ana wong sawetara singsandhangané tetep resik. Wong-wongmau bakal mlaku bebarengan karoAku nganggo sandhangan putih, mergapadha sembada.5Sing sapa tetep mengkono mau,bakal dienggoni sandhangan putih, lanjenengé ora bakal Dakbusek saka ingbuku sing isi daftaré wong sing padhaurip. Malah ana ing ngarsané Rama-Ku

WAHYU 3.6–10 12

lan ing ngarepé malaékaté, wong-wongmau bakal Dakaku dadi kagungan-Ku.6Sing sapa krungu, padha ngrungoknaapa sing dadi pangandikaning Rohé Allahmarang pasamuwan-pasamuwan."7 "Nulisa marang malaékaté pasamuwaning kutha Filadèlfia mengkéné: Ikipangandikané Panjenengané Kang Suci,lan Kang Sejati, sing ngasta kuncinéDawud. Samangsa Panjenenganéngengakaké, ora ana sing bisa nutup;samangsa Panjenengané nutup, ora anasing bisa ngengakaké.8Aku ngerti sakèhing penggawému.Aku ngerti yèn kekuwatanmu orasepiraa, nanging kowé wis padha netepipiwulang-Ku lan setya marang Aku.Kowé wis Dakwengani lawang sing orakena diinebaké déning wong.9Ngertia: Wong-wong umaté Iblis,sing padha goroh lan ngaku-aku wongYahudi, mangka satemené dudu,wong-wong mau Dakdadèkaké padhasujud jèngkèng ana ing ngarepmu, sartapadha ngakoni yèn Aku tresna marangkowé kabèh.10Sarèhné kowé wis padha netepidhawuh-Ku supaya sabar, Aku bakal

WAHYU 3.11–14 13

ngreksa kowé ana ing dina kasangsaransing bakal kelakon ing donya iki, kanggondadar wong sing padha manggon ingbumi.11Aku bakal énggal rawuh. Apa singwis kokduwèni kuwi ugemana temenan,supaya aja ana wong sing ngrebutganjaraning kemenanganmu.12Sing sapa netepi piwulang-Ku bakalDakdadèkaké saka-guruning PedalemanSuciné Rama-Ku, lan ora bakal metumenèh saka ing kono. Karo déné wongmau bakal Daktulisi Asmané Allah-Kulan jenengé kuthané Allah-Ku, yakuwikutha Yérusalèm Anyar, sing tumurunsaka ing swarga, saka Allah-Ku. Semonouga bakal Daktulisi Asma-Ku kang anyar.13Sapa sing ngrungu, ngrungokna apasing dadi pangandikaning Rohé Allahmarang pasamuwan-pasamuwan."14 "Nulisa marang malaékatépasamuwan ing kutha Laodikiamengkéné: Iki pangandikanéPanjenengané, Sang Amin.c Seksising setya lan sejati, sumbering sakèhingtitahé Allah.

cSang Amin: Sang Kristus: ingkang saged dipunpitados.

WAHYU 3.15–20 1415Aku ngerti sakèhing penggawému.Aku ngerti yèn kowé ora adhem lanora panas. Saiba beciké saupama kowéadhem utawa panas!16Sarèhné kowé manget-manget, oraadhem ora panas, mulané kowé bakalDaklepèh saka tutuk-Ku.17Kowé muni: ‘Aku iki sugih lankecukupan samubarang sarta orakekurangan apa-apa.’ Nanging kowé orangerti yèn kowé kuwi sejatiné mlarat lanmemelas. Kowé kuwi mlarat, kewudanlan wuta.18Mulané kowé Dakpituturi: ‘Kowétukua emas murni saka Aku, supayakowé dadi sugih. Iya tukua saka Akusandhangan putih lan enggonen, supayawong ora padha weruh enggonmukewudan, lan ngisin-isini. Semono ugatukua tamba kanggo nambani mripatmu,supaya bisa ndeleng.’19Wong-wong sing Daktresnani kuwising Dakwelèhaké lan Dakajar. Mulanépadha ditemen pangabektimu lan padhamratobata, ninggala dosa-dosamu.20Ngertia! Aku ana ing ngarep lawangsarta thothok-thothok. Yèn ana wongsing krungu swara-Ku lan mbukakaké

WAHYU 3.21–4.2 15

lawang, Aku bakal mlebu ing omahé lanmangan bebarengan karo wong mau.21Sing sapa ngèstokaké dhawuh-Ku,bakal Dakparingi wewenang nindakaképepréntahan bebarengan karo Aku,padha kaya Aku iya wis unggul lan saikinindakaké pepréntahan bebarengankaro Rama-Ku.22Sing sapa krungu, ngrungokna apasing dadi pangandikaning Rohé Allahmarang pasamuwan-pasamuwan."

41Sawisé mengkono, aku, Yohanes,kaparingan wahyu menèh. Aku

weruh lawangé swarga menga lanana swara sing wis dakrungu biyèn,ngandikani aku kaya swarané slomprèt,mengkéné: "Munggaha mréné. Kowébakal Daktuduhi apa sing mbésuk bakalkelakon."2Sanalika iku uga aku dikwaosi déningRohé Allah. Aku banjur weruh ing swargakono ana dhampar.d Lan sing lenggahing kono,

ddhampar: tahta (bhs. Ind.).

WAHYU 4.3–8 163pasuryané sumunar kaya watu yaspislan sardis.e Dhampar mau kinubengankluwung sumunar kaya zamrud.4 Ing sakubengé dhampar anadhampar-dhampar liyané, cacahépatlikur, dilenggahi déning parapinisepuh patlikur, ngagem agemanputih lan makutha emas.5Dhampar mau metu cahyané kayakilat pating glebyar, lan swara kayagumlegering gludhug. Ing ngarepédhampar ana obor pitu murub: yakuwiRohé Allah pitu.6 Ing ngarepé dhampar iya ana kayasegara bening kaya kaca kristal. Ingsatengahé dhampar lan sakubengé anamakluk papat, sisih ngarep lan sisihmburiné, padha kebak mripat.7Déné makluk mau sing siji rupanékaya singa, sing kapindho kaya sapilanang, katelu rainé kaya manungsa, lansing kapaté kaya manuk garudha mabur.8Makluk papat mau siji-sijiné duwéswiwi nenem, lan badané sekojur njabanjero kebak mripat. Makluk-maklukmau rina wengi tanpa lèrèn memuji:

eyaspis lan sardis: bangsanipun séla kanggérerenggan.

WAHYU 4.9–5.1 17

"Suci, suci, suci Pangéran Allah KangMahakwasa, sing biyèn ana, saiki ana,lan mbésuk iya ana."9Makluk papat mau saben-saben padhanglagokaké kekidungan lan pakurmatantuwin pamuji sokur konjuk marangPanjenengané kang pinarak ana ingdhampar, lan kang gesang langgeng ingselawas-lawasé. Sajroné makluk-maklukmau padha memuji,10para pinituwa patlikur padhasumungkem ana ing ngarsanéPanjenengané kang lenggah ana ingdhampar, sarta nyembah Panjenenganékang gesang ing selawas-lawasé. Tumulipadha nyèlèhaké makuthané ana ingsangarepé dhampar mau karo munjuk:11 "Dhuh Pangéran, saha Allah kawula!Namung Paduka ingkang panteskaluhuraken, kaurmatan saha kagunganpangwaos; amargi Paduka sampunnitahaken samukawis lan inggih margisaking kersa Paduka samukawis menikawonten sarta sami gesang."

51Aku nuli weruh yèn Panjenenganékang lenggah ing dhampar mau

astané tengen ngasta gulungan kitab.

WAHYU 5.2–6 18

Kitab mau kebak tulisan njaba-njero,sarta disègel nganggo sègel pitu.2Tumuli aku weruh malaékat singgagah-prakosa, nguwuh-uwuh klawansora: "Sapa sing wenang mbukakgulungan kitab iki srana nglèthèkisègel-sègelé?"3Nanging ing swarga, ing bumi sartaing sangisoring bumi, ora ana wongsiji-sijia sing wani mbukak gulungankitab kuwi, sarta ndeleng njeroné.4Aku tumuli nangis kelara-lara, mergaora ana wong sing wenang mbukakgulungan kitab mau sarta weruh isiné.5Banjur ana pinituwa sing kandhamarang aku: "Kowé aja nangis!Delengen, Sang Singa saka taleréYéhuda, tedhaké Sang Prabu Dawud wisunggul, saguh nglèthèki sègel pitu, sartambukak gulungan kitab kuwi."6Aku banjur weruh ing satengahédhampar lan makluk papat, sarta ingsatengahé para pinituwa mau ana Cempéngadeg, katoné kaya tilas disembelèh.Cempé mau sunguné pitu lan mripatépitu: yakuwi Rohé Allah pepitu, kangkautus menyang ing salumahing bumi.

WAHYU 5.7–11 197Sang Cempé mau banjur nyedhaksarta nampani kitab mau saka astatengené panjenengané kang pinarak ingdhampar.8Nalika Sang Cempé mundhutgulungan kitab mau, makluk papat lanpinituwa patlikur nuli sumungkem anaing ngarepé. Saben pinituwa nyekelclempung lan bokor emas isi menyan,yakuwi pandongané para suci.9Nuli padha ngidungaké kidung anyar,tembungé: "Namung Paduka ingkangpantes nampèni gulungan kitab menikasarta nglèthèk sègel-sègelipun. AwitPaduka sampun dipun sédani; lan sranaséda Paduka menika, tiyang-tiyangsaking sedaya taler, basa tuwin negarimiwah bangsa sami katebus kagemGusti Allah.10Tiyang-tiyang wau sampun Padukadadosaken tedhak-turunipun ratu,inggih supados sami dados imam-imamingkang ngladosi Allah kita, tuwin samikagungan pangwaos wonten ing bumi."11Aku banjur weruh lan krungu swaranémalaékat sing cacahé maèwu-èwu lanmayuta-yuta padha ngadeg sakubenging

WAHYU 5.12–6.2 20

dhampar lan makluk papat, tuwin parapinituwa.12Para malaékat mau padha ngidungnganggo swara sora, pangucapé: "SangCempé ingkang sampun kapragatmenika pantes nampèni pangwaos, lankasugihan tuwin kawicaksanan, sahakekiyatan tuwin pakurmatan, miwahkamulyan lan pangalembana!"13Aku banjur krungu sakèhing makluksing ana ing swarga lan ing bumiapa déné sangisoring bumi sarta ingsegara — cekaké sakèhing makluk ingjagad raya kabèh — padha ngidung:"Pangalembana lan kaurmatan, tuwinpamuji lan kamulyan kasaosna marangPanjenengané kang lenggah ing dhamparsaha Sang Cempé, ing selawas-lawasé."14Makluk papat mau padha ngucap:"Amin." Déné para pinituwa mau padhasumungkem sujud.

61Sawisé kuwi aku banjur weruh SangCempé nglèthèk sègel sing kapisan.

Lan aku krungu pangucapé makluk papatmau salah siji, swarané kaya gludhug:"Padha delengen!"2Aku nuli namataké lan weruh anajaran putih. Sing nunggang nyekel

WAHYU 6.3–7 21

gendhéwa lan dienggoni makutha.Banjur maju kaya wong sing menangperangé.3Sang Cempé nuli nglèthèk sègel singkapindho, aku krungu makluk kangkapindho ngucap: "Delengen!"4Tumuli ana jaran liyané maju, uleséabang mbranang, ditunggangi wongsing kaparingan pangwasa nyirnakakékatentreman sing ana ing bumi, supayawong-wong padha patèn-pinatènan.Mulané wong mau kaparingan pedhanggedhé.5Sang Cempé nuli nglèthèk sègelkatelu. Aku krungu makluk katelungucap: "Delengen!" Aku namataké lanweruh jaran ireng, ditunggangi wongnyekel timbangan.6Aku nuli krungu swara kaya saka ingtengah-tengahé makluk papat mau.Pangucapé: "Gandum seliter kanggoopah sedina, lan jagung telung literkanggo opah sedina. Nanging ajangrusakaké wit-wit zaitun lan kebonanggur!"7Sang Cempé nuli nglèthèk sègelkapat, aku krungu makluk sing nomerpapat ngucap: "Delengen!"

WAHYU 6.8–11 228Aku nuli weruh ana jaran ulesé pucetditunggangi wong jenengé Pati. Wongmau dietutaké déning Kratoning Pati.Padha kaparingan pangwasa matèniseprapating bumi srana pedhang, pailan,pageblug sarta srana kéwan-kéwangalak.9Nalika Sang Cempé nglèthèk sègelkelima, aku weruh ing sangisoringmesbèh ana nyawané para wongsing wis padha dipatèni merga sakapangandikané Allah lan merga sakaenggoné padha martakaké pangandikamau.10Nyawa-nyawa mau padha nguwuh-uwuh swarané sora: "Dhuh Sang Kristusingkang Mahakwaos, ingkang Mahasucituwin Mahasetya. Ngantos mbénjingmenapa enggèn Paduka ngadili tiyangingkang wonten ing bumi, kanggé malesanggènipun sami mejahi kawula?"11Nuli nyawa-nyawa mau padhakaparingan jubah putih siji-siji, landidhawuhi supaya padha lerem sawetaramangsa engkas, nganti cacahé wongsing nunggal pegawéan karo wong-wongkuwi lan sedulur-seduluré sing iya bakal

WAHYU 6.12–16 23

padha dipatèni kaya dhèwèké mau,genep.12Bareng Sang Cempé nglèthèk sègelsing kanem, aku nuli krasa ana lindhunggegirisi. Srengéngéné dadi ireng kayakarung areng, lan rembulan dadi abangkaya getih.13Lintang-lintang ing langit padharontog tiba ing bumi, kaya wohing witanjir sing isih mentah padha rontogkatempuh ing angin gedhé.14Langit nuli nglunthung kaya kertasdigulung, lan sakèhing gunung sartapulo padha ngalih saka panggonané.15Para raja ing bumi, para penggedhélan para pemimpining prejurit, parawong sugih lan para pangwasa, sakèhingbatur-tukon lan wong merdika kabèhpadha umpetan ana ing guwa-guwa laning sela-selaning gunung watu.16Wong-wong mau padha kandhakaro gunung-gunung lan watu-watumau: "Aku padha jugrugana lan aling-alingana, supaya aku padha ora kapirsandéning Panjenengané kang lenggah ingdhampar lan kena ing bebenduné SangCempé mau.

WAHYU 6.17–7.6 2417Sebab wis tekan dina paukumanéPanjenengané kang lenggah ing dhamparlan Sang Cempé; mangka ora ana singkuwagang nadhahi."

71Sawisé kuwi aku weruh malaékatpapat ngadeg ana ing pojoking bumi

papat, padha nyandhet angining bumisaka kéblat papat, supaya aja ana anginsing niyub ing dharatan, ing segarautawa ing wit-witan.2Banjur aku weruh ana malaékatliyané njedhul saka ing Wétan. Malaékatmau nggawa ecapé Allah kang gesang.Klawan swara seru malaékat maukandha karo malaékat papat sing padhakaparingan wewenang saka Gusti Allahngrusak dharatan lan segara.3Tembungé: "Aja ngrusak dharatanlan segara utawa wit-witan sadurungéaku padha ngecap bathuké para abdinéAllah!"4Aku dikandhani yèn cacahé paraabdiné Allah sing diecapi bathuké mausatus patang puluh papat èwu.5Wong-wong kuwi asalé saka talerébangsa Israèl rolas; saben taler 12.000.Yakuwi saka taler Yéhuda, Rubèn, Gad,6Asyèr, Naftali, Manasyè,

WAHYU 7.7–12 257Siméon, Lèwi, Isakar,8Zébulon, Yusuf, Bènyamin.9Sawisé mengkono aku weruh anagolonganing wong akèh banget, orakena diétung merga saka akèhé. Asaléwong-wong mau saka sakèhing bangsa,taler, negara lan basa. Padha ngadeg anaing ngarepé dhampar lan ing ngarsanéSang Cempé; padha nganggo jubahputih sarta nyekel pang kurma.10Wong-wong mau padha nguwuhswarané seru: "Kita iki bisané slametmung merga saka Allah kita kanglenggah ing dhampar sarta merga SangCempé!"11Ana déné para malaékat padhangadeg ing sakubenging dhampar lanpara pinituwa, sarta makluk papat mau.Para malaékat nuli padha sumungkeming ngarepé dhampar sarta sujudmarang Gusti Allah.12Unjuké: "Amin! Sakèhing pujikasaosna marang Allah kita merga sakakamulyan lan kawicaksanané. Panteskasaosan panuwun lan kaurmatan, awitpangwasa lan kasektèné langgeng ingselawas-lawasé. Amin!"

WAHYU 7.13–17 2613Nuli ana pinituwa sing ndangumarang aku: "Apa kowé ngerti, sapasing padha nganggo jubah putih kuwilan saka ngendi pinangkané?"14Atur wangsulanku: "Bapak, kulamboten ngertos. Malah Bapak ingkangpirsa." Pinituwa mau banjur ngandikamarang aku: "Kuwi wong-wong singluwar saka ing panganiaya singnggegirisi, sarta wis padha ngumbahjubahé nganti putih srana rahé SangCempé.15Mulané padha ngadhep ana ingngarepé dhamparing Allah, sarta padhangabekti marang Panjenengané rinalan wengi ana ing Pedalemané Allah.Lan Panjenengané kang lenggah ingdhampar kuwi bakal dedalem ana ingsatengahé wong-wong mau, paringpengayoman.16Wong-wong kuwi bakal padha orakrasa luwé lan ngelak menèh, sarta orabakal ngrasakaké panasing srengéngésing sumelèt.17Awit Sang Cempé sing lenggah ingdhampar kuwi bakal dadi pangoné singngirid wong-wong mau menyang etuking

WAHYU 8.1–5 27

banyu kauripan, sarta Gusti Allah bakalngusapi sakèhé eluhing mripaté."

81Bareng Sang Cempé mau nglèthèksègel sing kapitu, ing swarga banjur

dadi sepi nyenyet wetara setengah jamsuwéné.2Nuli aku weruh malaékat pitu ngadegana ing ngarsaning Allah, padhakaparingan slomprèt pitu.3Malaékat liyané, sing nggawa pedupanemas, nyedhaki mesbèh lan ngadeging ngarepé mesbèh mau. Malaékatmau wis kaparingan menyan akèhsupaya diobong minangka sesaosan,bebarengan karo pandongané paraumaté Allah kabèh, ana ing mesbèhemas, ing ngarepé dhampar.4Kukusé menyan sing diobong kuwikumelun awor karo pandongané umatéAllah saka tangané malaékat maumarang ngarsané Gusti Allah.5Malaékat mau nuli nggawa pedupanlan diisèni mawa saka ing mesbèh,banjur diuncalaké menyang bumi.Nuli ana swarané gludhug gumlegerbebarengan bledhèg sesamberan, apadéné lindhu.

WAHYU 8.6–11 286Sawisé kuwi malaékat pitu sing padhanyekel slomprèt mau banjur tata-tataarep ngunèkaké slomprèté.7Bareng malaékat kang kapisanngunèkaké slomprèté mau, nuli anaudan ès lan geni, campur getih,kaesokaké ing bumi; saprateloné bumilan saprateloné wit-witan nganti padhakobong, semono uga sakèhé suket ijo.8Malaékat kang kapindho nulingunèkaké slomprèté. Banjur anabarang saèmper gunung gedhé singmurub, kauncalaké ing segara. Temahsaprateloné segara malih dadi getih,9 lan saprateloné makluk sing uriping segara padha mati lan sapratelonékapal-kapal sing lagi lelayaran padhatumpes.10Malaékat kang katelu ngunèkakéslomprèté, banjur ana lintang gedhémurub kaya obor tiba saka inglangit, nibani saprateloné kali-kali lanetuk-etuking banyu.11Lintang mau jenengé Apsintus,tegesé "Pait". Mula saprateloné sakèhingbanyu dadi pait, njalari akèh wong padhamati merga ngombé banyu sing wis dadipait mau.

WAHYU 8.12–9.3 2912Malaékat kang kapat banjurngunèkaké slomprèté, sapratelonésrengéngé lan saprateloné rembulansarta saprateloné lintang-lintang padhailang cahyané sapratelon. Semono ugasaprateloné awan lan saprateloné wengidadi peteng ndhedhet.13Aku banjur weruh ana manukgarudha mabur dhuwur ing awang-awang. Manuk mau nywara seru: "Bilai,bilai! Samangsa malaékat telu liyanéngunèkaké slomprèté, sakèhing wongsing padha manggon ing bumi iki nemahibilai."

91Malaékat sing kalima nulingunèkaké slomprèté. Aku banjur

weruh ana lintang tiba saka ing langitnibani bumi. Lintang mau kaparingankunciné lawang teleng palimenganingpati.2Bareng lawangé dibukak, banjur anakukus kumelun metu saka ing telengpalimengan mau kaya kebul metu sakapawon gedhé. Soroté srengéngé lanawang-awang banjur dadi peteng déningkebul mau.3Saka kebul kuwi nuli metu walangéakèh sing padha niba ing bumi. Walang-

WAHYU 9.4–10 30

walang mau ngetokaké wisa ampuhsaèmper wisané kalajengking,4 lan padha dipenging ngrusak suketutawa wit-witan utawa thethukulanliya-liyané, kejaba mung manungsa singing bathuké ora ana capé Gusti Allah.5Walang-walang mau ora diparengakématèni manungsa, nanging mung nyiksawaé, lawasé limang sasi. Panyiksa maularané kaya yèn dientup kalajengking.6Sajroné limang sasi wong-wong maupadha ngudi supaya mati, nanging orabisa. Padha kepéngin mati, nangingmalah diedohi déning pati.7Rupané walang-walang mau kayajaran sing siap arep perang. Ing endhaséana kaya makutha emas. Rainé kaya raimanungsa.8Lan wuluné kaya rambuté wongwadon. Untuné kaya untu singa.9Dhadhané kaya nganggo keréwesi. Swarané elaré kumrasak kayagumrubyuging kréta perang akèhdigèrèd ing jaran, maju menyangpeprangan.10Walang-walang mau duwé buntut lanentup kaya entupé kalajengking. Iya anaing buntuté kuwi dununging kekuwatané

WAHYU 9.11–16 31

kanggo nyiksa manungsa lawasé limangsasi.11Walang-walang mau duwé ratu,yakuwi malaékat penggedhéné telengpalimengan. Jenengé ing basa IbraniAbadon, lan ing basa Yunani Apolion,tegesé: "Tukang Ngrusak."12Kasangsaran sing sepisan wiskelakon. Sawisé kuwi isih anakasangsaran loro menèh.13Malaékat sing kanem banjurngunèkaké slomprèté. Aku banjurkrungu swara metu saka pojoké papatmesbèh emas sing ana ing ngarsanéGusti Allah.14Swara kuwi ngandika marangmalaékat kanem sing nyekel slomprètmau: "Malaékat papat sing padhakabanda ana ing sacedhaké BengawanÉfrat kuwi uculana."15Malaékat papat mau nuli diuculi.Yakuwi malaékat sing dicawisaké kanggomatèni saprateloné umaté manungsasing jam, dina, sasi lan tauné wiskatemtokaké.16Aku dikandhani yèn cacahé prejuritjaranan kuwi rong atus yuta.

WAHYU 9.17–20 3217Ana ing wahyu kono aku weruhjaran-jaran lan sing padha nunggangi.Sing padha nunggang mau nganggo keréwesi, rupané abang mbranang lan birukaya watu nilam, sarta kuning lirang.Endhasé jaran kaya endhas singa, lancangkemé ngetokaké geni, kukus lanlirang.18Saprateloné umaté manungsa padhadipatèni déning wewelakf telu, yakuwigeni, kukus lan lirang sing metu sakacangkemé jaran-jaran mau.19Daya kekuwatané jaran-jaran kuwidumunung ana ing cangkemé sarta ingbuntuté. Merga buntuté kuwi kaya ula,nganggo endhas. Srana buntut-buntutékuwi jaran-jaran mau nyiksa umatémanungsa.20Nanging kekarèné manungsa singora dipatèni nganggo wewelak telumau meksa ora padha mratobat sakapenggawéné sing ala. Ora padhamarèni enggoné nyembah marang paradhemit lan brahala-brahala emas, slaka,tembaga, watu apa déné kayu sing orabisa ndeleng, krungu utawa mlaku.

fwewelak: malapetaka (bhs. Ind.).

WAHYU 9.21–10.6 3321Apa menèh ora padha mratobat sakaenggoné mematèni, ulah ngèlmu gaib,laku jina, apa déné nyenyolong.

101Aku banjur weruh ana malaékatliyané sing gagah-prakosa

mudhun saka ing swarga, kemulanméga, lan ing sandhuwuring sirahéana kluwungé. Rainé mencorong kayasrengéngé, lan sikilé kaya tugu geni.2Malaékat mau nyekeli gulungankitab cilik bukakan. Sikilé sing tengentumapak ing segara, lan sing kiwa anaing dharatan.3Malaékat mau nguwuh seru kayapanggeroning singa. Sawisé mengkono,gludhug pitu kuwi mangsuli swaranégumleger.4Apa sing diucapaké gludhug pitu mauarep dakcatheti, nanging aku krunguswara saka ing swarga ngandika: "Apasing diucapaké déning gludhug pitu kuwiwewadi. Aja kokcathet!"5Malaékat sing dakdeleng ngadeg anaing segara lan ing dharatan mau nulingangkat ngathungaké tangané tengen,6 sarta banjur sumpah demiPanjenengané kang gesang langgengselawas-lawasé, kang nitahaké langit

WAHYU 10.7–11 34

saisiné, lan bumi saisiné sarta segarasaisiné; tembungé: "Dinané ora bakalkaundur menèh!7Nanging samangsa malaékat kapitungunèkaké slomprèté, Gusti Allah bakalnindakaké rancangané, kaya sing wiskawartosaké marang para abdiné,yakuwi para nabi."8Swara sing wis dakrungu saka swargamau nuli ngandika menèh mengkéné:"Majua, kitab gulungan bukakan singana ing tangané malaékat kang ngadegana ing segara lan ing dharatan kuwitampanana."9Aku banjur marani malaékat maulan njaluk, supaya kitab kawènèhnamarang aku. Pangucapé malaékat mau:"Tampanana lan panganen. Ana ingwetengmu rasané bakal kecut, nangingana ing cangkemmu rasané legi kayamadu."10Kitab bukakan cilik mau nulidaktampani lan dakpangan. Ana ingcangkem rasané kaya madu, nangingbareng dakulu tekan weteng rasanékecut.11Aku nuli didhawuhi supaya martakaképangandikané Gusti Allah menèh marang

WAHYU 11.1–5 35

para bangsa, negara-negara, basa sartapara ratu.

111Sawisé kuwi aku banjur diparingiglagah, piranti kanggo ngukur,

kanthi dhawuh mengkéné: "Mangkatalan ukuren Pedalemané Allah sartamesbèh sing kanggo saos kurbanmarang Panjenengané. Itungen piracacahé wong sing manembah ana ingkono.2Mung plataran sanjabané PedalemanéAllah waé aja kokukur, merga kuwi wiskaparingaké marang wong-wong singora wanuh marang Gusti Allah lan singbakal ngidak-idak kutha suci kuwi lawasépatang puluh loro sasi.3Aku bakal ngutus seksi-Ku loronganggo sandhangané wong kepatèn.Dakdhawuhi medhar wangsit lawasésèwu rong atus sewidak dina."4Seksi loro mau, yakuwi wit zaitunloro lan pedamaran loro sing ana ingngarsané Allah.5Yèn ana wong sing arep nindakaképiala, bakal disirnakaké déning geni singmetu saka cangkemé seksi loro mau.Kaya mengkono, kabèh wong sing arepgawé susahé bakal dipatèni.

WAHYU 11.6–10 366Seksi loro mau padha kaparinganpangwasa ngancing langit, supaya oraana udan sajroné padha martakaképangandikané Gusti Allah; sarta padhakaparingan pangwasa tumrap sakèhingetuk, sing bisa didadèkaké getih. Apamenèh padha kaparingan pangwasangukum bumi nganggo wewelakwerna-werna, sewayah-wayah ingsakarepé.7Samangsa wis rampung enggonépadha nglairaké paseksiné, kéwan singmuncul saka ing teleng palimenganingpati banjur bakal nglawan lan ngalahakésarta matèni seksi loro mau.8 Jisimé bakal gumléthak ana ing dalaning kutha gedhé, panggonané Gustinékasalib. Kutha mau disebut nganggojeneng sesinglon Sodom lan Mesir.9Wong-wong saka sakèhé taler, bangsa,basa lan negara bakal nonton jisimmau lawasé telu setengah dina, lan oranglilani jisim-jisim mau dikubur.10Wong-wong ing bumi bakal padhabungah merga patiné seksi loro mau.Banjur padha nganakaké kraméan lanpadha kirim-kiriman barang tandhané

WAHYU 11.11–15 37

kabungahan, merga nabi loro sing gawésusahé wong kabèh wis mati.11Sawisé telu setengah dina roh singnguripaké saka ing Allah nuli angsluping jisim-jisim mau, temahan sing matibanjur padha tangi, nganti wong kabèhsing nyipati padha wedi banget.12Sawisé kuwi nabi loro mau krunguswara seru saka ing swarga, nimbali:"Padha munggaha mréné!" Banjur padhamunggah ing swarga, kakemulan ingméga, kadeleng déning para satruné.13Tumuli ana lindhu gedhé ngrubuhakésaprasepuluhé kutha, lan matèni wongpitung èwu. Wong-wong liyané padhagiris banget, banjur padha ngluhurakéAsmané Gusti Allah ing swarga.14Wewelak sing kapindho wis kliwat;nanging wewelak sing kateluné tumulinusul.15Bareng malaékat sing kapitungunèkaké slomprèté, tumuli ingswarga ana swara-swara sora bangetpadha nguwuh-uwuh mengkéné:"Pepréntahan ing donya iki saiki kaastadéning Pangéran kita lan Sang Kristus.Panjenengané bakal jumeneng Ratulanggeng ing selawasé!"

WAHYU 11.16–18 3816Para pinituwa patlikur, sing padhalungguh ing dhampar ing ngarsaningAllah banjur padha sumungkem sujudmarang Panjenengané.17Unjuké: "Dhuh Allah ingkangMahakwaos, ingkang jumeneng Allahing jaman samenika lan ugi ing jamanrumiyin! Kawula sami saos sukurdhumateng Paduka, margi Padukasampun ngagem pangwaos ingkangageng, sarta sampun wiwit ngastapepréntahan!18Tiyang-tiyang ingkang mboten samitepang kaliyan Paduka sami ngamuk,awit sampun dumugi wekdalipunbebendu Paduka katamakaken, sahasampun dumugi wekdalipun Padukangadili tiyang-tiyang ingkang sampunsami pejah. Samenika sampun dumugiwekdalipun Paduka maringi ganjarandhateng para abdi Paduka, inggih menikapara nabi, sarta sedaya umat Paduka,inggih sedaya tiyang ingkang ngabektidhateng Paduka, tiyang-tiyang alitdadosa tiyang-tiyang ageng. Samenikainggih wekdalipun Paduka ngleburtiyang-tiyang ingkang sami ngrisakbumi."

WAHYU 11.19–12.4 3919Pedalemané Gusti Allah sing ana ingswarga banjur kawengakaké lan PethiPrejanjiané katon ana ing kono. Nuliana kilat pating clèrèt lan gumlegeringgludhug. Buminé gonjang-ganjing lanana udan ès deres banget.

121 Ing langit tumuli katon anarerupan anèh lan ora lumrah. Ana

wong wadon sing nganggo sandhangansrengéngé, ngadeg ana ing rembulan.Wong mau nganggo makutha rinenggalintang rolas.2Wong wadon mau lagi mbobot,lan sarèhné wis mèh tekan wektunénglairaké, dadiné nglarani karosesambat.3Banjur ana rerupan anèh menèhmuncul ing langit. Ana naga gedhébanget, rupané abang mbranang,endhasé pitu lan sunguné sepuluh, sartaing saben endhasé ana jamangé.4Buntuté naga mau nyèrèd sapratelonélintang-lintang ing langit, nuli katibakakéana ing bumi. Naga mau mapan ana ingngarepé wong wadon sing nglarani mau,sedyané arep nguntal bayiné samangsalair.

WAHYU 12.5–10 405Wong wadon mau banjur mbabarPutra kakung, kang bakal ngerèh parabangsa nganggo teken wesi. DumadakanSang Putra mau karebut lan kaplayokakémenyang ing ngarsané Allah lan ingdhamparé.6Déné wong wadon mau mlayumenyang pasamunan, ing panggonansing wis kacawisaké déning Gusti Allah.Ana ing kono wong mau diopèni lawasésèwu rong atus sewidak dina.7 Ing swarga nuli ana peperangan.Mikhaèl lan malaékat-malaékaté padhaperang nglawan naga mau. Semono ugasi naga kabantu déning para malaékaténglawan Mikhaèl.8Nanging si naga kalah perangé.Mula naga lan para malaékaté mau oradiparengaké manggon ing swarga.9Si naga gedhé nuli diuncalaké metu!Yakuwi si ula kuna sing karan Iblis utawaSétan, sing nasaraké saisiné jagad;diuncalaké menyang ing bumi, semonouga para malaékaté.10Aku nuli krungu swara seru bangetana ing swarga, muni mengkéné:"Saiki wis tekan wektuné Gusti Allahnylametaké umat kagungané! Saiki

WAHYU 12.11–14 41

Gusti Allah wis nindakaké pepréntahané,lan pangwasané Sang Kristus iyawis kebabar. Awit si penggugat singrina wengi nggugat para sedulur kitaing ngarsané Gusti Allah kuwi wiskauncalaké saka ing swarga.11Para sedulur kita wis padha nelukakési naga srana rahé Sang Cempé,lan srana Injilé Allah sing padhadiwartakaké, sebab padha ora ngémanmarang nyawané dhéwé nganti tekanpatiné.12Mulané swarga lan sing padhamanggon ana ing kono padha bungah-bungaha! Nanging cilaka temen bumi lansegara! Merga Iblis wis mudhun nekanikowé karo nepsu banget, awit ngerti yènwektuné mung kari sedhéla."13Bareng si naga éling yèn wiskabuwang menyang bumi, banjurngoyak wong wadon sing wis mbabarPutra kakung mau.14Wong wadon kuwi wis kaparinganswiwi garudha gedhé banget sepasang,supaya bisa mabur menyang panggonanéana ing pasamunan, luwar sakapenggangguné si naga. Ana ing

WAHYU 12.15–13.2 42

pasamunan kono wong wadon maudiupakara lawasé telu setengah taun.15Si naga nyemburaké banyu kaya kalisaka ing cangkemé supaya wong wadonmau kèlia ing kali kono.16Nanging wong wadon ditulungi déningbumi. Bumi ngangapaké cangkemé lannguntal banyu sing disemburaké déningnaga mau.17Si naga nepsu banget marang wongwadon mau, banjur lunga nempuhkekarèné turuné, yakuwi wong kabèhsing padha ngèstokaké dhawuhé GustiAllah lan ngugemi piwulangé GustiYésus.

131 (12-18) Si naga banjur mapanana ing pinggir segara. (13-1)

Nuli aku weruh ana kéwan njedhul sakasegara, sunguné sepuluh, endhasé pitu.Ing sunguné ana makuthané lan ingsaben endhasé ana tulisan panyenyamahmarang Gusti Allah.2Kéwan sing dakdeleng mau rupanékaya macan tutul, sikilé kaya sikilbruwang, lan cangkemé kaya cangkemsinga. Kéwan mau diwènèhi kasektèndéning si naga; malah iya diwènèhidhampar lan pangwasané sing gedhé.

WAHYU 13.3–8 433Katoné endhasé kéwan mau ana sijising tatu mbebayani, nanging tatu mauwis pulih. Wong sajagad banjur padhangetutburi kéwan mau karo gumun.4Si naga padha dipepuja, awit wismènèhaké pangwasané marang kéwankuwi. Wong-wong mau iya padhamemuja marang si kéwan, pangucapé:"Sapa sing madhani kéwan iki? Lan sapasing bisa nandhingi kasektèné?"5Si kéwan mau diparengaké déningGusti Allah ngucapaké tembung-tembung kumlungkung sing nyewiyahmarang Allah, sarta kaparinganpangwasa lawasé patang puluh loro sasi.6Si kéwan banjur nyenyamah GustiAllah, lan iya nyewiyah marang Asmalan Pedalemané Allah, sarta kabèh singpadha manggon ana ing swarga.7Si kéwan uga diparengaké nempuhlan ngalahaké kagungané Allah. Iyakaparingan pangwasa ngerèh marangsaben taler lan negara, basa lan bangsa.8Si kéwan bakal dipepuja déning wonging bumi kabèh, yakuwi saben wong singjenengé wiwit nalika jagad katitahakéora katulis ing buku kauripan kagunganéSang Cempé sing wis kasembelèh.

WAHYU 13.9–14 449Sapa sing duwé kuping ngrungokna!10Sapa sing pinesthi ditawan, bakalditawan. Lan sing sapa pinesthi dipatènisrana pedhang bakal dipatèni sranapedhang. Iya merga sing mengkonomau umaté Allah kudu sabar mantep lanprecaya.11Aku nuli weruh kéwan liyané njedhulsaka ing dharatan. Kéwan mau sungunéloro, kaya sunguné Sang Cempé, lanswarané kaya swarané naga.12Kéwan kuwi nindakaké sakèhingpangwasané kéwan kang kapisan, anaing ngarepé. Jagad lan wong kabèh singpadha manggon ing kono padha dipeksanyembah marang kéwan kang kapisansing wis waras tatuné sing mbebayanimau.13Kéwan sing kapindho nganakakémujijat-mujijat sing nggumunaké. Anaing ngarepé wong kabèh kéwan maungedhunaké geni saka langit menyangbumi.14Kéwan kuwi pancèn diparengakénindakaké mujijat-mujijat singkatindakaké ana ing ngarepé kéwankang kapisan mau. Lan wong kabèhdikon déning kéwan kang kapindho

WAHYU 13.15–14.1 45

ngedegaké reca kanggo ngurmati kéwankang kapisan, sing wis ketaton déningpedhang, nanging tetep isih urip.15Kéwan kang kapindho kuwidiwenangaké mènèhi nyawa marangreca mau, mula reca mau bisa caturanlan matèni sakèhing wong sing oragelem nyembah marang dhèwèké.16Wong kabèh, gedhé cilik, sugihmiskin, batur-tukon lan wong merdika,dipeksa déning kéwan kang kapindhomau, nganggo ciri ana ing tanganétengen lan ana ing bathuké.17Ora ana wong siji waé sing bisatetuku lan dodolan kejaba mung singnganggo ciri jenengé si kéwan mauutawa angka sing nélakaké jenengé sikéwan mau.18 Ing kéné prelu ana kawicaksanan.Wong sing wicaksana bisa ngerti tegeséangkané si kéwan kuwi, sebab angkamau nyebutaké jenengé sawijiningmanungsa. Angkané, yakuwi nem atussewidak nem.

141Aku nuli weruh Sang Cempéjumeneng ana ing Gunung Sion.

Panjenengané kadhèrèkaké déning wongsatus patang puluh papat èwu. Ing

WAHYU 14.2–5 46

bathuké wong-wong mau katulis asmanéSang Cempé lan asmané Ramané.2Aku banjur krungu swara saka langitkaya gumrojoging banyu akèh lan kayagumlegeré gludhug sing nggegirisi.Swarané kaya clempung sing diunèkakédéning para penabuhé.3Ana ing ngarepé dhampar lan ingngarepé makluk papat sarta parapinituwa sing ana ing sakubengédhampar mau wong satus patang puluhpapat èwu padha ngidungaké kidunganyar. Ora ana wong sing bisa nyinaukidung mau kejaba mung wong satuspatang puluh papat èwu sing wis padhakatebus saka ing bumi.4Yakuwi wong sing ora padha njemberiawaké srana srawung karo wong wadon,temah mulus kaya prawan. Wong-wongmau padha ndhèrèkaké Sang Cempé ingsatindaké. Yakuwi sing padha katebussaka panunggalané manungsa kabèhminangka kurban wiwitan kacaosakémarang Gusti Allah lan marang SangCempé.5Wong-wong kuwi padha ora tau gorohlan padha tanpa cacad.

WAHYU 14.6–10 476Aku banjur weruh ana malaékatliyané mabur ing awang-awang, ngastaKabar Kabungahan (yakuwi Injil)kang langgeng, kawartakaké marangwong-wong sing padha manggon anaing bumi, yakuwi marang saben bangsa,taler, basa lan negara.7Malaékat mau ngandika kanthi swaraseru: "Padha wedia marang Allahlan padha pujinen Asmané, awit wistekan mangsané Gusti Allah nindakaképengadilan tumraping manungsa. Padhasujuda marang Panjenengané sing wisnitahaké langit lan bumi, segara sartasakèhing etuké banyu."8Malaékat kang kapisan kasusul déningmalaékat kang kapindho, nguwuh:"Wis rubuh! Kutha Babil sing gedhékuwi wis rubuh! Kutha sing wis njalaripara bangsa padha mendem angguringhawa-nepsu, laku jina."9Nuli ana malaékat katelu nusul,pangandikané sora: "Wong sing memujamarang si kéwan lan recané, sartanampani ciri ana ing bathuké utawa ingtangané,10bakal ngombé anggur bebendunéGusti Allah, sing wis kacawisaké ana

WAHYU 14.11–14 48

ing wadhahé, tanpa dikurangi sethithik-thithika! Wong kabèh bakal kasiksanganggo geni lan lirang ana ing ngarepépara malaékaté Allah lan ing ngarsanéSang Cempé.11Kukusing geni sing kanggo nyiksawong-wong mau bakal kumelun ingselawas-lawasé. Panyiksané bakalora lèrèn-lèrèn rina lan wengi. Yakuwiwong-wong sing padha nyembah marangsi kéwan lan recané, sarta sakèhingwong sing nganggo ciri jenengé si kéwanmau."12 Ing kéné iki umaté Allah, sing padhanetepi dhawuhé lan setya marang GustiAllah, padha prelu sabar mantep.13Aku nuli krungu swara saka swarga:"Tulisen! Rahayu para wong sing padhamati ana ing patunggilané Gusti.""Pancèn mengkono," pangandikanéRohé Allah. "Supaya padha aso sakaing rekasané, sarta bakal ngrasakakéwohing penggawéné."14Aku banjur weruh ana méga putih.Ing méga kono ana kang lenggah,katoné kaya Gusti Yésus. Mestakanéngagem makutha emas lan astanéngasta arit kang landhep.

WAHYU 14.15–19 4915Banjur ana malaékat liyané metusaka Pedalemané Allah. Malaékatmau munjuk kanthi seru marangPanjenengané kang lenggah ing mégamau: "Gusti, mugi kersa ngginakakenarit menika kanggé ngenèni, margisampun dumugi mangsanipun ngenèni,awit panènanipun sampun sepuh!"16Panjenengané kang lenggah ingméga mau nuli ngempakaké arité anaing bumi, sarta bumi nuli kaenénan.17Nuli aku weruh malaékat liyané metusaka Pedalemané Allah ing swarga,nyekel arit sing landhep.18Sawisé kuwi nuli ana malaékat liyanémenèh metu saka mesbèh. Malaékatkuwi ngwasani geni. Banjur nguwuhkanthi swara seru marang malaékatsing nyekel arit landhep mau: "Aritmusing landhep kuwi enggonen mbabad,lan dhompolan woh anggur sing anaing kebon anggur ing bumi padhaundhuhana, awit woh-woh wis padhamateng!"19Malaékat mau banjur nyabetaké aritélan ngundhuhi woh anggur, diuncalakéing jedhing pamipitan gedhé, yakuwipapan tumindaké bebenduné Allah.

WAHYU 14.20–15.3 5020Woh anggur mau nuli dipipit ana ingsanjabané kutha, lan saka ing pamipitanmau metu getihé, mili terus, jeronénganti wetara rong mèter lan dohételung atus kilomèteran.

151Aku nuli weruh rerupan éloklan nggumunaké. Ana malaékat

pitu padha nggawa wewelak pitu kangwekasan. Iki paukumané Allah sing kèridhéwé.2Aku banjur weruh rerupan katonékaya segara kaca campur geni. Aku ugaweruh wong-wong sing wis padha unggulenggoné perang karo si kéwan lanrecané, sarta unggul ing ngatasé wongsing jenengé disebut nganggo angka.Wong-wong sing wis padha unggul kuwipadha ngadeg ana ing pinggiring segarakaca mau, karo padha nyekel clempungsing diparingaké déning Gusti Allah.3Wong-wong mau padha ngidungakékidungé Nabi Musa, abdiné Allah lankidungé Sang Cempé, uniné: "DhuhAllah, Paduka ingkang Mahakwaos,saèstu agung saha élok pakaryanPaduka! Dhuh Ratuning sedaya bangsa,pakaryan Paduka saèstu adil saha leres.

WAHYU 15.4–8 514Dhuh Pangéran, sinten ingkangmboten ajrih saha mboten ngluhurakenAsma Paduka? Inggih namung Padukapiyambak ingkang suci. Pramilasekathahipun bangsa sami badhé sowansarta nyembah sujud dhateng Paduka:Awit sedaya tiyang sampun samisumerep pangrèh Paduka ingkang adil."5Sawisé mengkono aku nuli weruhPedalemané Allah ing swarga kabukaklan ing njeroné ana tarub paleremanéAllah.6Malaékat pitu sing nggawa wewelakpitu mau padha metu saka PedalemanéAllah, nganggo klambi putih memplakgumilap lan ing dhadhané nganggosabuk emas.7Salah sawijining makluk papat maubanjur ngulungaké bokor emas marangmalaékat pitu mau, kabèh kebak isibebenduning Allah, yakuwi Allah kanggesang langgeng ing selawas-lawasé.8Pedalemané Allah mau nuli kebakkeluking kaluhuran lan pangwaosingAllah. Sadurungé wewelak pitu singkatindakaké déning malaékat piturampung, ora ana wong siji waé singolèh mlebu ing Pedalemané Allah mau.

WAHYU 16.1–6 52

161Aku nuli krungu swara seru sakaPedalemané Allah dhawuh marang

malaékat pitu mau mengkéné: "Padhamangkata, bokor sing isi bebenduningAllah kuwi padha suntaken ing bumi!"2Malaékat kang kapisan nuli mangkatlan nyuntak bokoré ana ing bumi.Wong-wong sing padha nganggo cirinési kéwan lan sing nyembah recanénuli padha ketaman lelara wudun singnggegirisi lan mbebayani.3Sawisé kuwi malaékat kang kapindhonyuntak bokoré ing segara, banyunébanjur dadi kaya getihé wong mati,njalari patiné sakèhing makluk sing uripana ing segara mau.4Sawisé mengkono malaékat kangkatelu nyuntak bokoré ing kali-kali lanetuk-etuking banyu, temahan banyunédadi getih.5Aku banjur krungu malaékat kangngwasani banyu munjuk: "Dhuh SangMahasuci, Paduka menika Mahaadil,jumeneng Allah ing samangké, ugi ingjaman kepengker!6Sarèhné tiyang-tiyang menika sampunsami ngwutahaken rahipun para suci lanpara nabi, pramila tiyang-tiyang menika

WAHYU 16.7–11 53

sami Paduka ombèni rah; mekatenmenika sampun samesthinipun!"7Aku nuli krungu swara saka mesbèh,pangucapé: "Dhuh Pangéran, Allahingkang Mahakwaos. Pengadilan Padukamenika sedaya leres lan adil."8Sawisé kuwi malaékat kang kapatnyuntak bokoré ing srengéngé, lansrengéngéné diparengaké mbrangasmanungsa srana panasé sing sumelèt.9Temahan manungsa padha dadigosong merga déning sumelètingpanasé, njalari padha nyupatani Allah,kang nekakaké wewelak-wewelak mau.Éwasemono wong-wong padha oragelem mratobat marèni dosa-dosané,lan ora gelem ngluhuraké Gusti Allah.10Malaékat kang kalima banjur njuntakbokoré ing dhamparé si kéwan, temahanwilayah kono dadi peteng kabèh, sartawong-wong nganti padha nggigit ilatédhéwé merga ngrasakaké larané.11Wong-wong mau banjur padhanyupatani Gusti Allah kang ana ingswarga merga ora betah ngrasakakélarané lan merga saka enggoné padhawudunen. Éwasemono wong-wong mau

WAHYU 16.12–16 54

meksa padha ora gelem mratobat marènipenggawéné sing ala.12Sawisé kuwi malaékat kang kanembanjur nyuntak bokoré ing BengawanÉfrat. Bengawan mau dadi asat, ngantibisa diambah déning raja-raja sakatanah Wétan.13Aku banjur weruh ana roh regedtelu rupané kaya kodhok, siji metusaka cangkemé si naga, siji metu sakacangkemé si kéwan, lan sijiné metu sakacangkemé si nabi palsu.14Kodhok telu kuwi roh-rohé sétan singpadha gawé mujijat-mujijat. Kodhok-kodhok mau nuli padha nekani ratu-ratusajagad kabèh, padha diklumpukaké,diajak perang ing Dina kang wingit, yaikuDinané Gusti Allah Kang Mahakwaos.15 "Kowé Dakkandhani, yèn Akubakal rawuh, kaya patrapé maling!Begja wong sing siaga lan ngopènisandhangané, supaya aja kewudan lankaton kawirangané!"16Ana déné roh-roh mau enggonénglumpukaké raja-raja ana ingpanggonan sing ing basa Ibrani karanHarmagédon.

WAHYU 16.17–21 5517Sawisé mengkono, malaékat kangkapitu nyuntak bokoré ing awang-awang.Saka ing dhamparé Pedalemané Allahing swarga nuli keprungu swara seru,pangandikané: "Wis rampung!"18Tumuli ana thathit-thathit patingclèrèt ora lèrèn-lèrèn, lan gludhuggumleger, sarta ana lindhu gedhé singdurung tau kelakon selawasé bumidienggoni manungsa. Kaya mengkonolindhu mau enggoné nggegirisi.19Kutha sing gedhé pecah dadi telu;mengkono uga kutha-kuthané parabangsa sajagad, uga padha jugrug.Gusti Allah banjur kèngetan marangkutha gedhé Babil. Kutha mau banjurdiombèni saka tuwung sing kebakanggur bebenduning Allah.20Sakèhé pulo banjur padha musna,semono uga gunung-gunung padhasirna.21Nuli ana udan ès prongkolan.Saprongkolan boboté sèket kilogram,tiba saka langit, nibani wong-wong.Wong-wong nuli padha nyupatani GustiAllah merga saka wewelak udan ès singnggegirisi mau.

WAHYU 17.1–5 56

171Sawisé mengkono salah sijinémalaékat pitu sing nggawa bokor

pitu mau marani aku lan ngandhani:"Mrénéa, daktuduhi paukumané sisundel gedhé, yakuwi kutha gedhé kangkaadegaké ana ing papan sing akèhbanyuné.2Para raja padha bédhang karosundel gedhé mau, mengkono ugapara wong sing manggon ing bumiwis padha mendem déning angguringbédhangané."3Sajroning pangwasané Sang RohSuci aku digawa déning malaékat maumenyang pesamunan. Ing kono akuweruh ana wong wadon nunggang kéwansing ulesé abang mbranang. Kéwanmau awaké sekojur kebak tulisan singnyenyamah marang Gusti Allah. Kéwankuwi endhasé pitu lan sunguné sepuluh.4Wong wadon mau nganggo klambiwungu lan abang tuwa, nganggorerenggan emas, inten lan mutiara.Tangané nyekel tuwung emas isinékebak sakèhing barang-barang reged lannjijiki, olèh-olèhané enggoné laku jina.5Wong wadon mau ing bathuké anatulisané jeneng sandi, yakuwi: "Babil

WAHYU 17.6–9 57

gedhé, baboning sakèhing sundel lansakèhing penggawé nistha ing bumi."6Aku weruh wong wadon mau lagimendem merga getihé para wongprecaya lan getihé para wong singneksèni Asmané Gusti Yésus. Ndelengkaanan kuwi aku gumun banget.7Malaékat mau nuli kandha marangaku: "Yagéné kowé kokgumun? Kowédakkandhani bab wadiné wong wadonlan wadiné kéwan tunggangané singendhasé pitu lan sunguné sepuluh kuwi.8Kéwan sing kokdeleng kuwi maunéana, nanging saiki ora ana. Kéwan kuwibakal njedhul saka teleng palimenganingpati lan bakal disirnakaké. Déné paramanungsa kang manggon ana ing bumi,sing jenengé ora katulis ana ing BukuKauripan sadurungé jagad katitahaké,samangsa padha weruh si kéwan maubakal padha gumun. Awit kéwan kuwibiyèn ana, saiki ora ana, nanging bakalnjedhul menèh.9Tumraping prekara iki prelukawicaksanan lan pangerti. Endhaspitu kuwi ngibarataké gunung pitu singdilungguhi déning wong wadon mau.Kuwi uga ngibarataké ratu pitu:

WAHYU 17.10–15 5810 sing lima wis padha ambruk, sing sijisaiki isih madeg, sijiné menèh durungteka. Déné samangsa teka, enggonémadeg ora suwé.11Ana déné si kéwan, sing mauné ana,saiki ora ana, kuwi raja kang kawolu.Raja kuwi tunggalé raja pitu sing bakalkasirnakaké mau.12Déné sungu sepuluh sing kokdelengkuwi ngibarataké ratu sepuluh singdurung wiwit mréntah. Ratu-ratu maubakal padha nampani pangwasanébebarengan karo si kéwan, suwénésejam.13Raja sepuluh kuwi padha sarujukmasrahaké kasektèn lan pangwasanémarang si kéwan mau.14Raja-raja lan si kéwan bakal nempuhperang nglawan Sang Cempé. Nangingbakal padha dikalahaké déning SangCempé lan para pendhèrèké singwis katimbalan lan kapilih, sartasetya marang Panjenengané. AwitPanjenengané kuwi Gustiné para gustilan Ratuné para ratu."15Malaékat mau nuli ngandikani akumengkéné: "Banyu sing kokdeleng, singdilungguhi sundel kuwi, ngibarataké

WAHYU 17.16–18.2 59

negara-negara, golongan-golonganingmasarakat, para bangsa lan basa.16Sungu sepuluh sing kokdeleng lan sikéwan mau bakal padha sengit marangsi sundel mau. Barang-darbèké sundelmau bakal direbut lan wongé diwudani.Dagingé banjur dipangan; sawisé kuwisundel mau bakal diobong ing geni.17Kuwi kabèh merga Gusti Allahwis ngosikaké atiné wong-wongsupaya padha nglakoni apa singwis ditetepaké déning Gusti Allah.Wong-wong nuli padha masrahaképangwasané marang si kéwan. Si kéwanbakal nindakaké pepréntahané ngantisakèhing pangandikané Gusti Allah wispadha katetepan kabèh.18Wong wadon sing kokdeleng kuwingibarataké kutha gedhé, kang ngerèhpara ratu ing bumi."

181Sawisé mengkono aku banjurweruh malaékat liyané mudhun

saka swarga. Malaékat mau gedhépangwasané, sarta bumi dadi padhangmerga saka kamulyané.2Malaékat mau nguwuh-uwuh kanthiseru: "Wis rubuh! Babil, kutha gedhékuwi wis rubuh. Saiki wis dienggoni roh-

WAHYU 18.3–7 60

roh reged lan dadi papan pandhelikanépara roh najis sarta sarupaning manuksing najis lan disengiti déning wong.3Sakèhé para bangsa wis padhangombé anggur hawa-nepsuné laku jina.Para raja ing bumi wis padha laku jinakaro kutha Babil, lan para sudagar ingbumi wis padha dadi sugih merga sakahawa-nepsuné kutha Babil sing ora kenadikendhalèni."4Aku banjur krungu swara liyané sakaswarga ngandika: "Hé, umat-Ku! Metuasaka kutha Babil kuwi! Supaya kowéora kèlu marang dosa-dosané, sarta ajanganti mèlu kena ing paukumané!5Merga dosané wis tumpuk-undhungnganti sundhul ing langit, lan Gusti Allahngèngeti sakèhing pialané.6Walesen kaya sing wis katindakakémarang kowé; lan tikelana loro. Tuwungéisènana ombèn-ombèn sing kerasé tikelloroné sing disedhiyakaké kanggo kowé.7Patrapana paukuman lan kasangsaransing padha gedhéné timbang karokaluhuran lan kamuktèn sing wisdirasakaké. Sebab osiking atinéselawasé mengkéné: ‘Aku iki ratu kang

WAHYU 18.8–12 61

nindakaké pangwasa! Aku dudu randha,lan ora bakal nandhang prihatin.’8Mulané bareng sedina kuwi uga, wongmau bakal katekanan bilai pirang-pirang,pageblug, kasangsaran lan pailan.Wong mau bakal kaobong ing geniawit Pangéran Allah kang ngadili kuwiMahakwasa."9Para raja sing padha laku bédhangkaro wong wadon mau, bakal padhanangisi lan sesambat, yakuwi samangsapadha weruh kumeluné kukus saka genising ngobong kutha Babil mau.10Para raja enggoné ngadeg ana ingkadohan, awit saka wediné ketaman ingkasangsarané kutha mau, pangucapé:"Adhuh, cilaka temen kowé, kutha gedhéBabil, kutha sing misuwur sentosané!Déné kowé wis katumpes déningpaukuman mung sajroné sajam!"11Para sudagar uga padha nangisi lansesambat merga wong wadon mau, awitwis ora ana wong sing nukoni daganganémenèh.12Yakuwi dagangan arupa emas lanslaka, sesotya lan mutiara, mori alus,mori wungu, sutra lan mori jingga; lanrupa-rupa dandanan saka kayu sing

WAHYU 18.13–17 62

langka anané, saka gadhing lan sakakayu sing larang regané, saka tembaga,wesi lan marmer;13manis jangan, bumbu-bumbu, lengawangi, menyan; anggur lan lenga,glepung lan gandum, sapi lan wedhus,jaran lan kréta, batur-tukon, malah iyamanungsa barang.14Pangucapé para sudagar marangwong wadon mau: "Samubarang singdadi pepénginaning atimu wis ilang, lansabarang sing méwah lan éndah wissirna, sarta ora bakal ketemu menèh."15Para sudagar sing dadi sugih mergaenggoné dedagangan ana ing kuthaBabil mau bakal padha ngadeg ana ingkadohan, awit saka wediné yèn mèluketaman ing panyiksané kutha mau.Wong-wong mau mung padha nangis lansesambat,16 tembungé: "Adhuh iba cilakané kuthasing misuwur kuwi! Lumrahé menganggomori alus, lawon wungu lan lawonjingga, sarta nganggo rerenggan emas,lan sesotya mutiara!17Nanging sajroning sejam waékasugihan sing semono kèhé wis sirnakabèh!" Sakèhing juru-mudhi, wong

WAHYU 18.18–21 63

lelayaran, lan para matrus, sarta sakèhéwong sing panguripané ana ing segara,padha ngadeg ing kadohan.18Bareng weruh kukus kumelun sakageni sing ngobong kutha mau, banjurpadha bengok-bengok, pangucapé:"Durung tau ana kutha sing semonogedhéné!"19Sirahé banjur padha diuwuri lebunélakaké enggoné susah; banjur padhanangis lan sesambat: "Adhuh cilakatemen kutha gedhé iki! Kasugihané wisgawé sugihé sakèhing juragan kapal.Nanging sajroning sejam waé wis sirnababar-pisan!"20Hé swarga, bungah-bungaha mergasaka karusakané kutha kuwi! Hé paraumaté Allah, rasul-rasul lan nabi-nabi,padha bungaha! Merga Gusti Allah wisndhawahaké paukuman marang kuthakuwi minangka pemalesé tumrap apasing wis ditindakaké déning kutha maumarang kowé kabèh!21Sawisé mengkono banjur anamalaékat kang rosa ngangkat watugedhéné sapenggilingan lan nguncalakéwatu mau menyang segara, karo muni:"Kaya mengkéné iki enggoné kutha Babil

WAHYU 18.22–19.1 64

sing misuwur kuwi bakal kauncalakésarosané, nganti ora bakal tinemumenèh!22Swaraning musiké tukang clempung,para pesindhèn, tukang suling lantukang slomprèt, ora bakal keprungumenèh ana ing tilas panggonanmu, lanwis bakal ora ana ulah kagunang menèhana ing kono, mengkono uga swaranépenggilingan ora bakal keprungu menèh.23Ora ana soroté lampu sing madhangikowé menèh, lan swarané wong duwégawé ora bakal keprungu menèh. Parasudagarmu kuwi wong sing diéringibanget ing salumahing bumi, lan sranangèlmu-ngèlmu gaibmu kowé wisnasaraké sakèhing bangsa ing bumi!"24Kutha Babil wis kaukum, mergaing kutha kono akèh getih sing wiskawutahaké, yakuwi getihé para nabi,getihing umaté Allah, ringkes getihésakèhing wong sing dipatèni ana ingbumi kono.

191Sawisé mengkono aku krungukaya swarané wong akèh banget

ana ing swarga, pangucapé: "Pinujia

gkagunan: kesenian (bhs. Ind.).

WAHYU 19.2–6 65

Allah! Keslametan, kamulyan lanpangwasa ana ing astané Allah kita!2Pengadilané leres lan patitis.h

Panjenengané wis ngadili sundel gedhé,kang gawé rusaking bumi srana enggonélaku jina. Panjenengané wis malesakémarang wong wadon kuwi, mergaenggoné wis matèni para abdiné."3Swara mau nuli ngucap kangkapindhoné: "Pinujia Allah! Kumelunékukus saka geni kang ngobongkutha gedhé mau bakal langgengselawas-lawasé."4Para pinituwa patlikur lan maklukpapat kuwi banjur padha sumungkemsujud marang Gusti Allah kang lenggahing dhampar, sarta munjuk: "Amin,pinujia Allah."5Nuli keprungu swara saka dhampar,pangandikané: "Hé para abdiné Allahkabèh, lan sakèhé wong, gedhé cilikkang nyembah marang Panjenengané,padha saosa puji marang Allah kita!"6Sawisé kuwi aku banjur krungu kayaswarané wong akèh banget. Swara maukaya gumrojoging banyu akèh lan kayaswarané gludhug gumleger, tembungé:

hpatitis: tepat (bhs. Ind.).

WAHYU 19.7–10 66

"Pinujia Allah! Awit Pangéran Allah kitaKang Mahakwaos jumeneng Raja!7Payo kita padha ramé-ramé bebungah,lan ngluhuraké kamulyané! Amarga wistekan wektuning temuné Sang Cempé,lan pengantèn putri wis rumanti.8Pengantèn putri wis kaparinganageman mori alus putih, kang resikgumilap!" (Anadéné mungguh mori aluskuwi ngibarataké kautamaning umatéAllah.)9Malaékat mau ngandika karoaku mengkéné: "Tulisen iki: ‘Begjawong-wong kang tinimbalan marangbujana temuné Sang Cempé.’" Nulipangandikané menèh marang aku: "Ikipangandikané Gusti Allah kang sanyata."10Aku banjur sumungkem ing ngarepémalaékat mau arep nyembah, nangingnuli dipangandikani: "Aja mengkono!Aja nyembah aku. Nyembaha Allah!Awit aku iki ora béda karo kowé lanpara sedulurmu kabèh, kang precayamarang Gusti Yésus!" Sebab sakèhingprekara nyata sing diparingaké déningGusti Yésus kuwi sumbering pamedharwangsité para nabi.

WAHYU 19.11–15 6711Aku banjur weruh swarga menga;katon ana jarané putih. Déné singnunggang jenengé Sang Setya lanSang Sanyata. Panjenengané enggonénindakaké pengadilan lan peperangankanthi adil.12Mripaté kaya urubing geni. Sirahénganggo makutha akèh. Déné jenengsing katulis ana ing Panjenengané, oraana sing ngerti, kejaba Panjenenganépiyambak.13Penganggoné jubah kebak getih,sarta jenengé kasebut: "SabdaningAllah".14Para prejurité swarga padhangetutaké lakuné karo nunggang jaranputih, lan menganggo sandhangan morialus putih memplak.15Tutuké metokaké pedhang landheparep kanggo ngalahaké bangsa-bangsa.Panjenengané bakal ngerèh bangsa-bangsa mau nganggo teken wesi, lanbakal meres anggur ana ing pamipitan,yakuwi bebendu merga saka dukanéGusti Allah Kang Mahakwaos.

WAHYU 19.16–20 6816Ana ing jubah lan wentiséi ditulisiAsmané: "Ratuné para ratu lan Gustinépara gusti."17Aku nuli weruh malaékat ngadegana ing srengéngé, lan nguwuh serumarang sakèhé manuk kang mabur ingawang-awang, pangucapé: "Mrénéa,padha nglumpuka ngguyubi pahargyangedhé, sing diadani déning Gusti Allah!18Padha mangana dagingé para ratu,dagingé para penggedhéné peranglan para wong sing peng-pengan, apadéné dagingé jaran lan sing padhanunggangi, sarta dagingé sakèhingmanungsa, gedhé cilik, batur-tukon lanwong merdika!"19Aku banjur weruh si kéwan lanpara ratu pepak saprajurité, padhanglumpuk arep nglawan perang marangPanjenengané kang nunggang jaranputih lan sabalané mau.20Si kéwan nuli dicekel, semono ugapara nabi palsu sing wis padha nindakakémujijat-mujijat ana ing ngarepé si kéwanmau. (Iya srana mujijat-mujijat kuwisi kéwan nasaraké wong-wong singpadha nampani ciriné si kéwan kuwi lan

iwentis: paha (bhs. Ind.).

WAHYU 19.21–20.4 69

wong-wong sing padha sujud marangrecané.) Si kéwan lan para nabi palsumau nuli kacemplungaké urip-uripaning segara geni lirang sing murubmakantar-kantar.21Déné balané padha dipatèni sranapedhang sing metu saka tutukéPanjenengané sing nitih jaran putih mau.Manuk-manuk nuli padha teka lan orasranta mangani dagingé wong-wong singpadha dipatèni.

201Aku nuli weruh ana malaékattumurun saka swarga. Tangané

nyekel kunci telenging pati lan rantégedhé.2Malaékat mau nuli nyekel si naga,yakuwi si Iblis utawa Sétan. Naga nulidiranté sèwu taun lawasé.3Banjur diuncalaké ana ing telengingpati, nuli ditutup lan disègel, supaya ajanasaraké para bangsa menèh sadurungésèwu taun mau entèk. Sawisé mengkonosi naga bakal dieculaké menèh sawetaramangsa.4Aku banjur weruh ana dhampar-dhampar. Déné sing nglenggahidhampar-dhampar mau kaparinganpangwasa nindakaké pengadilan. Aku

WAHYU 20.5–7 70

uga weruh nyawané wong-wong singpadha katigas guluné merga sakaenggoné neksèni marang Gusti Yésus lanmartakaké pangandikané Gusti Allah.Wong-wong kuwi durung tau nyembahsujud marang si kéwan utawa marangrecané, sarta ora nampani ciriné sikéwan ana ing bathuké lan ing tangané.Wong-wong mau kabèh padha uripmenèh lan padha ndhèrèk dadi ratu karoSang Kristus lawasé sèwu taun.5 Iki petangèn kang kapisan. (Nangingwong-wong mati liyané padha oraurip menèh sadurungé sèwu taun mauentèk.)6Wong-wong sing padha katangèkakéing petangèn kapisan, kuwi begjalan binerkahan. Sebab wong-wongmau ora bakal dikwasani déning patikang kapindho, nanging bakal padhadadi imam-imamé Gusti Allah lanimam-imamé Sang Kristus, sartabakal ndhèrèk jumeneng ratu karoPanjenengané nganti sèwu taun lawasé.7Sawisé genep sèwu taun mau,Iblis bakal dieculaké menèh sakapakunjarané,

WAHYU 20.8–12 718 sarta bakal metu nasaraké parabangsa ing salumahing bumi, yakuwisi Gog lan Magog. Bangsa-bangsamau kabèh ora kena diétung cacahé,bakal diklumpukaké déning Iblis kaajakperang.9Nuli padha mencar nglurug peranging sajagad kabèh, sarta ngepungpanggonané para umaté Allah, sartakutha sing dikasihi déning Allah. Nangingbanjur ana geni tumurun saka langit,nyirnakaké wong-wong mau.10Déné Iblis sing nasaraké wong-wongkuwi nuli kacemplungaké ana ing segarageni lan lirang, yakuwi panggonané sikéwan lan nabi palsu bakal padha kasiksarina wengi langgeng ing selawas-lawasé.11Aku nuli weruh dhampar gedhé putihlan Panjenengané kang nglenggahidhampar mau. Bumi lan langit padhailang saka ngarsané lan wis ora katonmenèh.12Aku nuli weruh wong-wong sing wispadha mati, gedhé cilik, padha ngadeging ngarepé dhampar mau. Banjur anakitab-kitab kang kabukak, yakuwi KitabKauripan. Wong-wong mau nuli padha

WAHYU 20.13–21.3 72

diadili miturut penggawéné adhedhasarapa kang katulis ing kitab-kitab mau.13Segara masrahaké wong-wong matising ana ing njeroné. PenggedhénéPati sarta Kratoning Pati iya padhamasrahaké wong-wong mati sing anaing wewengkoné. Wong-wong maukabèh padha diadili miturut penggawénédhéwé-dhéwé.14Sawisé kuwi si Pati lan Kratoning Patinuli kacemplungaké ing segara geni.(Segara geni kuwi disebut pati kangkapindho.)15Déné saben wong sing jenengé orakatulis ana ing Kitab Kauripan, padhakacemplungaké ing segara geni mau.

211Aku nuli weruh langit anyar lanbumi anyar. Langit kang kapisan

lan bumi kang kapisan wis ora ana,segara iya wis ora ana.2Aku uga weruh kutha suci. Yérusalèmkang anyar, tumurun saka swarga,saka Allah. Kutha mau dipaèsi kayapengantèn wadon sing didandani arepditemokaké karo pengantèn lanang.3Aku banjur krungu swara seru sakadhampar mau, ngandika: "Saiki daleméGusti Allah ana ing satengahé manungsa!

WAHYU 21.4–8 73

Panjenengané bakal gesang sesarengankaro manungsa. Wong-wong bakalpadha dadi umaté lan Panjenenganéjumeneng dadi Allahé.4Gusti Allah bakal ngusapi sakèhing luhsaka ing mripating umaté. Pati wis bakalora ana menèh. Kasusahan, tangis lanlelara uga bakal ora ana. Samubarangkang lawas wis ilang."5Panjenengané kang lenggah ingdhampar banjur ngandika: "Samubarangkabèh Dakdadèkaké anyar!" Banjurngandika marang aku: "Nulisa, awitpangandika iki nyata lan kena diprecaya."6Sarta pangandikané menèh:"Samubarang kabèh wis kelakon. Aku ikiSang Alfa lan Sang Oméga, Kang Miwitilan Kang Mungkasi. Wong sing ngelakbakal Dakparingi ngombé saka etukingbanyu kauripan tanpa mbayar.7Sing sapa mantep precayané bakaltampa kuwi kabèh saka Aku, sartaAku bakal jumeneng dadi Allahé, landhèwèké bakal dadi putra-Ku.8Nanging para wong sing jirih, lanwong-wong sing ora setya, wong-wongala kelakuané, tukang matèni wong,wong sing laku jina lan wong sing

WAHYU 21.9–13 74

dadi tukang tenung, wong sing padhanyembah brahala lan sakèhé tukangngapusi, bakal padha kacemplungakéing segara geni lan lirang murub, yakuwipati kang kapindho."9Panunggalané malaékat pitu singnggawa bokor kebak wewelak pitu singwekasan teka lan kandha marang aku:"Mrénéa, daktuduhi Pengantèn Putri,garwané Sang Cempé."10Aku banjur dikwasani déning Roh landigawa déning malaékat mau menyanggunung gedhé lan dhuwur banget. Akudituduhi kutha Yérusalèm kang sucitumurun saka swarga, saka Gusti Allah,11kebak kaluhuran lan cahyakamulyané Allah. Kutha mau mengkilapkaya sesotya yaspis, lan bening kayakristal.12Témboké mubeng gedhé lan dhuwur,gapurané rolas, lan dijaga déningmalaékat rolas. Ing lawang-lawanginggapura mau katulis jenengé talerébangsa Israèl rolas.13 Ing sisih Wétan ana gapurané telu,ing sisih Lor telu, ing sisih Kidul telu laning sisih Kulon telu.

WAHYU 21.14–20 7514Témboké mubeng kutha kuwinganggo pondhasi watu rolas. Ing watu-watu mau katulis jenengé rasul-rasuléSang Cempé, cacahé rolas.15Malaékat sing kandha karo aku maunggawa wilah ukuran emas, kanggongukur kutha, gapura lan témbokémubeng.16Kutha mau pesagi, dawané padhakaro ambané. Malaékat kuwi enggonéngukur nganggo wilah emas mau.Dawané 2.400 kilomèter; déné amba landhuwuré padha karo dawané.17Bareng ngukur témboké mubengketemu dhuwuré témbok mau sewidakmèter. Ukuran kuwi manut ukuranémanungsa, kang iya dadi ukuranémalaékat.18Témbok mubeng mau saka sotyayaspis; kuthané saka emas tulèn,beningé kaya kaca.19Pondhasiné témbok mubengdirengga-rengga nganggo watu adimanca-warna. Pondhasi kang kapisankuwi yaspis, kang kapindho nilam, kangkatelu mirah, kang kapat zamrud,20kang kalima sardonik, kang kanemsardis, kang kapitu retna cempaka, kang

WAHYU 21.21–26 76

kawolu béril, kang kasanga krisolèt, kangkasepuluh krisopas, kang kasewelaslazuardi, kang karolas kecubung.21Gapurané rolas mau saka mutiararolas; siji-sijiné gapura wujud mutiarasiji. Déné dalan-dalané kutha maukagawé saka emas murni, beningé kayakaca.22 Ing kutha kono aku ora weruhPedalemané Allah, awit PedalemanéAllahé kuwi ya Pangéran piyambak, AllahKang Mahakwaos sarta Sang Cempé.23Kutha kuwi ora mbutuhaképadhanging srengéngé utawa rembulan,merga sing madhangi cahyaning Allahpiyambak, sarta Sang Cempé sing dadioboré.24Para bangsa ing bumi bakal padhamlaku ana ing pepadhangé, lan pararatu uga bakal padha ngasta kasugihanémenyang ing kutha kono.25Gapurané kutha kuwi bakal orakainebaké ing wayah awan, awit ingkono bakal ora ana bengi menèh.26Kamulyan lan kasugihané bangsa-bangsa bakal kagawa mlebu ing kuthakono.

WAHYU 21.27–22.3 7727Nanging wong-wong sing padhanglakoni penggawé nistha, lanwong-wong sing seneng ngapusi oradiparengaké mlebu mrono, ringkesésabarang kang najis babar-pisan orakena digawa mlebu mrono. Mungwong-wong sing jenengé padha katulising Kitab Kauripan kagungané SangCempé waé sing kena mlebu.

221Malaékat mau uga nuduhi akukali sing banyuné bening kaya

kristal, yakuwi banyuné kauripan. Kalimau mili metu saka dhamparé GustiAllah lan dhamparé Sang Cempé,2 terus menyang satengahé dalan-dalaning kutha kono. Ing sakiwa-tengenékali mau ana wit-wit kauripan singmetokaké woh ping rolas sajroné setaun,saben sasi sepisan. Godhongé dienggomarasaké para bangsa.3 Ing kutha kono ora ana barang singkena ing laknaté Gusti Allah. DhamparéGusti Allah lan Sang Cempé bakal anaing tengahé kutha kono. Para abdinéAllah bakal padha ngabekti marangpanjenengané,

WAHYU 22.4–8 784 lan bakal padha nyawang pasuryané.Bathuké bakal padha kacirènan asmanéAllah.5 Ing kono bakal ora ana wayah bengimenèh, mulané wong-wong mau padhaora mbutuhaké obor utawa srengéngé,awit Pangéran piyambak kang bakalmadhangi. Wong-wong mau bakalpadha mréntah dadi ratu langgeng ingselawas-lawasé.6Malaékat mau nuli ngandika marangaku: "Pangandika iki nyata lan kenadiprecaya. Gusti Allah kang wismaringaké Rohé marang para nabi, wisngutus malaékaté supaya nuduhakémarang para abdiné apa kang pinesthibakal kelakon."7Pangandikané Gusti Yésus: "Aku bakalénggal rawuh. Begja wong sing padhangèstokaké pameca, sing katulis ingkitab iki."8Aku Yohanes wis weruh lankrungu prekara-prekara mau kabèh.Sawisé krungu lan ndeleng, aku nulisumungkem, arep sujud ing ngarepémalaékat, sing wis nuduhaké kabèhmarang aku.

WAHYU 22.9–14 799Nanging tembungé malaékat: "Aja!Aja nyembah aku. Nyembaha GustiAllah. Aku rak iya abdi kaya kowé,lan kaya sedulur-sedulurmu paranabi lan kabèh wong sing ngèstokaképangandika-pangandika ing kitab iki!"10Pangucapé menèh: "Pameca-pamecasing ana ing kitab iki aja ditutup-tutupi,awit wektu bakal kelakoné kuwi maukabèh wis cepak!11Wong ala karebèn nerusaké olèhégawé piala, sing jember karebènnerusaké olèhé njemberaké awak. Singsapa laku bener karebèn nerusaké olèhélaku bener. Sing sapa suci, karebènnerusaké olèhé nucèkaké awaké."12Pangandikané Gusti Yésus: "Akubakal énggal rawuh, sarta ngastaganjaran peparing-Ku minangkapituwasé wong siji-siji miturutpenggawéné.13Aku iki Sang Alfa lan Sang Oméga,Kang Miwiti lan Kang Mungkasi, KangWiwitan lan Kang Wekasan."14Begja wong sing padha ngumbahsandhangané nganti resik. Kuwi singbakal padha duwé wewenang mangan

WAHYU 22.15–18 80

wohing wit panguripan lan mlebu ingkutha, liwat ing gapura-gapurané.15Nanging wong-wong sing nglakonipenggawé nistha lan juru-tenung,wong-wong sing laku jina, tukang gawépati, wong nyembah brahala lan wongsing seneng ngapusi, srana tembung lantumindak, kabèh panggonané ana ingsanjabané kutha mau.16 "Aku, Yésus, wis ngutus malaékat-Kusupaya ngandhakaké prekara mau kabèhmarang pasamuwan-pasamuwan. Akuiki tedhak-turuné Dawud, lintang panjerésuk kang mencorong."17Rohé Allah lan Pengantèn Putri padhamunjuk: "Paduka mugi rawuh!" Lansapa sing krungu, munjuka: "Padukamugi rawuh!" Sapa sing ngelak, majua!Lan sapa sing kepéngin, njupuka banyupanguripan tanpa nganggo mbayar!18Wong sing ngrungokaké pameca singkawedharaké ing kitab iki dakpituturimengkéné: "Yèn ana wong sing nambahiapa-apa ing pameca-pameca iki, GustiAllah mesthi bakal maringi wewelakmarang wong mau, padha kaya singtinulis ing kitab iki.

WAHYU 22.19–21 8119Lan yèn ana wong sing ngurangipameca-pameca sing kawedhar ingkitab iki, Gusti Allah iya bakal mundhutpandumané berkah saka ing witpanguripan lan saka ing kutha suci kuwi,kaya sing katulis ana ing kitab iki."20Panjenengané sing maringi pawartamau kabèh ngandika mengkéné: "Iya.Aku mesthi énggal rawuh!" Amin! InggihGusti Yésus, Paduka mugi rawuh!21Sih-rahmaté Gusti Yésus Kristus anaaing kowé kabèh! Amin.

Bahasa Jawa

==========

Alkitab dalam bahasa Jawa Sehari-hari:

Perjanjian Lama diterjemahkan berdasarkan teks bahasa Ibrani.

Perjanjian Baru diterjemahkan berdasarkan teks bahasa Yunani.

Terjemahan ini diterima dan diakui

oleh Konperensi Waligereja Indonesia.

KABAR KABINGAHAN

KITAB SUCI

mawi Basa Jawa Padintenan

LEMBAGA ALKITAB INDONESIA

JAKARTA 1994

K1TAB SUCI

©LAI, 1994

ISBN 979-463-030-6

IBS 10; JAWA; TJAWAV-062;10M-1994

Old and New Testament

Today's Java Version

Lembaga Alkitab Indonesia

Jln. Salemba Raya 12, Tel. (021) 3142890

Jakarta 10430

Edisi I, cetakan pertama 1994

Dicetak oleh

Percetakan Lembaga Alkitab Indonesia