alkitab bahasa jawa 1994 -...

1527
Alkitab Bahasa Jawa Bahasa Sehari-hari 1994 Mazmur s.d. Maleakhi

Upload: others

Post on 07-Feb-2020

90 views

Category:

Documents


6 download

TRANSCRIPT

Page 1: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

Alkitab

Bahasa Jawa

Bahasa Sehari-hari 1994

Mazmur s.d. Maleakhi

Page 2: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

Mazmur

11Begja wong sing lakuné ora kayasing dipéngini déning wong ala, lan

ora niru lakuné wong dosa sarta orasesrawungan karo wong sing dhemenmemoyok,2nanging sing seneng nglakoni angger-anggeré Gusti Allah lan dirasak-rasakakérina wengi.3Wong mau kaya wit, sing ditandurana ing pinggir kali, sing tansah awohmanut mangsané, lan godhongé ora taugogrog; apa waé sing ditandangi mesthiolèh gawé.4Nanging wong ala lelakoné ora kayamengkono; kaya mrambut sing kaburing angin.5Mulané wong ala bakal diukum déningAllah, mengkono uga wong sing nerakdhawuh-dhawuhé Pangéran, ora gelemsesrawungan karo wong mursid.6Lakuné wong mursid dituntun landiayomi déning Allah, nanging lakunéwong ala anjog ing karusakan.

Page 3: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 2.1–9 2

21Yagéné bangsa-bangsa padhambrontak, lan padha ngangen-angen

prekara-prekara sing tanpa guna?2Para raja padha siaga lan parapenggedhé padha sarujuk nglawanmarang Gusti Allah lan Sang Prabu singditetepaké déning Allah.3Tembungé, "Ayo padha medhotranté-ranténé lan mbuwang tali singdienggo mbanda kita!"4Panjenengané kang pinarak ingswarga gumujeng; sarta moyoki marangwong-wong mau.5Pangandikané karo duka, ngantipadha giris merga paukumané,6 "Aku dhéwé kang wis njumenengakéRaja, kang katetepaké ana ing Sion, inggunung-Ku kang suci!"7Aku daknyritakaké keputusané Allah;Pangandikané marang aku, "Kowé ikuputra-Ku! Ing dina iki Aku iki Bapakmu.8Nyuwuna marang Aku, temah bangsa-bangsa mau bakal Dakparingaké dadiduwèkmu, lan salumahing bumi dadidarbèkmu.9Padha remuken nganggo teken wesi,ejuren kaya grabah."

Page 4: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 2.10–3.4 310Mulané, hé para raja, padhatumindaka kalawan wicaksana. Hépara hakim ing bumi, padha gelemadiélingaké!11Padha ngabektia marang Allahkalawan ajrih asih, lan padha sujuda ingngarsané kalawan gemeter,12 supaya Panjenengané ora duka,lan kowé ditumpes sanalika, sebabpaukumané énggal ngambra-ambra.Begja sakèhé wong sing ngungsi marangPanjenengané!

31Masmur anggitané Dawud nalikamlajeng nyingkiri Absalom, putrané.

(3-2) Dhuh Allah, iba kathahipunmengsah kawula! Kathah tiyang ingkangnglawan dhateng kawula.2 (3-3) Kathah ingkang mungel dhatengkawula mekaten, "Wong kuwi bakal oraditulungi déning Allah."3 (3-4) Nanging, dhuh Allah, Padukamenika tamèng ingkang milujengakenkawula. Paduka menika ingkang paringkamenangan dhateng kawula, laningkang ngangkat sirah kawula.4 (3-5) Kalawan swara sora akusesambat marang Allah, lan

Page 5: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 3.5–4.2 4

Panjenengané paring wangsulansaka gunungé kang suci.5 (3-6) Aku lèyèh-lèyèh banjur turu;sewengi muput aku direksa déningastané Allah!6 (3-7) Aku ora wedi senajan dikepungdéning mungsuh, sing balané éwon.7 (3-8) Dhuh Allah, mugi kersajumeneng; kawula mugi Paduka tulungi!Paduka sampun ngawonaken mengsahkawula sedaya, ngantos sami mbotenmisakit dhateng kawula.8 (3-9) Pitulungan menika dhatengipunsaking Allah. Mugi umat Padukakaparingan berkah!

41Masmur anggitané Dawud kanggopemimpin penyanyi, dibarengi uniné

kecapi. (4-2) Dhuh Allah ingkang mbélaniprekawis kawula. Mugi miyarsakakenpesambat kawula. Ing salebetingmanah kawula ngraosaken rupek.Paduka mugi kersa paring kalonggaran,miyarsakaken pandonga kawula, sartaparing pitulungan.2 (4-3) Hé wong-wong sing ngala-alamarang aku; pira lawasé enggonmupadha seneng nindakaké prekara singtanpa guna lan ora nyata kuwi?

Page 6: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 4.3–5.1 53 (4-4) Padha sumurupa yèn Allah wismilih wong mursid dadi kagungané;Panjenengané mesthi midhangetakésamasa aku sesambat marangPanjenengané.4 (4-5) Padha gemetera lan maria gawédosa; kuwi rasakna temenan samasakowé ana ing peturon.5 (4-6) Nyaosna kurban marang Allahsamurwaté lan kumandela marangPanjenengané.6 (4-7) Kathah tiyang ingkang saminyenyuwun, "Kawula mugi Padukaparingi wewahing kabegjan." Dhuh Allah,mugi kersa maringi dhateng kawulakalayan renaning penggalih.7 (4-8) Paduka sampun paringkabingahan dhateng kawula, ngungkulikabingahanipun tiyang samasa angsalgandum lan anggur kathah.8 (4-9) Kawula badhé lèyèh-lèyèhlajeng ketileman, margi Padukapiyambak ingkang paring pengayoman,mila kawula sami ngalami katentreman.

51Masmur anggitané Dawud kanggopemimpin penyanyi, dibarengi

swaraning suling. (5-2) Dhuh Allah, mugi

Page 7: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 5.2–7 6

kersa miyarsakaken atur kawula, mugiPaduka gatosaken pesambat kawula.2 (5-3) Dhuh Ratu kawula lan Allahkawula, panjerit kawula nyuwun tulungmugi Paduka èngeti, margi namungPaduka piyambak ingkang kawulasambati.3 (5-4) Dhuh Allah, ing wanci énjingPaduka miyarsakaken swanten kawula,ing wancinipun kurban kawula saosaken,kawula ngantos-antos dhawuh Paduka.4 (5-5) Sebab Paduka sanès Allahingkang rena dhateng pendamel awon,tiyang awon mboten badhé Padukaparengaken sowan ing ngarsa Paduka.5 (5-6) Paduka nampik dhateng tiyangangkuh; tiyang ingkang sami nglampahipiawon Paduka sengiti.6 (5-7) Tiyang ingkang damelipungoroh mesthi Paduka tumpes; Padukamboten rena dhateng tiyang ingkangngrodha-peksa lan tiyang ingkangngapusi.7 (5-8) Nanging tumrap kawula, margisaking agenging sih-kasetyan Paduka,kawula badhé mlebet ing PedalemanPaduka, sujud sungkem ing Pasucèn

Page 8: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 5.8–11 7

Paduka, ngabekti kalayan hurmatdhateng Paduka.8 (5-9) Dhuh Allah, satru kawula kathahsanget! Mugi Paduka kersa nuntunkawula nindakaken kersa Paduka;supados cetha menapa ingkang kedahkawula lampahi.9 (5-10) Tembungipun satru kawulamboten saged dipun pitados, awitingkang dipun angen-angen namungdamel risak; gurungipuna presasat kuburmenga, ilatipun ngucapaken tembunglamis.10 (5-11) Dhuh Allah, tiyang kadosmekaten mugi kadhawahana paukuman,kecemplunga luwangan, margi sakingrancanganipun piyambak. Mugi Padukatundhung saking ngarsa Paduka, margisaking kathahing panerakipun, sartapanglawanipun dhateng Paduka.11 (5-12) Nanging sedaya tiyangingkang ngungsi dhateng Padukabadhé sami bingah-bingah, badhé samisurak-surak ing selaminipun, margisami Paduka ayomi; lan krana Padukatiyang-tiyang ingkang tresna dhatengPaduka, sami badhé bingah-bingah.

agurung: tenggorokan (bhs. Ind.).

Page 9: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 5.12–6.5 812 (5-13) Dhuh Allah, tiyang mursidPaduka berkahi, sami Padukapageri mawi kanugrahan minangkatamèngipun.

61Masmur anggitané Dawud kanggopemimpin nyanyian, diiringi kecapi.

Laguné kaya laguné kidung kang kawolu.(6-2) Dhuh Allah, mugi sampun ngantosmaringi paukuman dhateng kawulakarana duka, lan kawula mugi sampunngantos Paduka ajar margi sakingbentèring penggalih Paduka.2 (6-3) Dhuh Allah, mugi kersa melasidhateng kawula, awit kawula ngantosmboten gadhah daya. Mugi kersa paringkekiyatan, dhuh Allah, sebab balungkawula sami gemeter.3 (6-4) Dhuh Allah, taksih pintendangunipun enggèn Paduka rawuh;nyawa kawula giris sanget.4 (6-5) Dhuh Allah, mugi wangsulngentas nyawa kawula, kawulamugi Paduka pitulungi margi sakingsih-kamirahan Paduka.5 (6-6) Sebab tiyang ingkang sampunpejah mboten badhé ngémuti dhatengPaduka. Sinten ingkang badhé memuji

Page 10: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 6.6–7.1 9

dhateng Paduka wonten ing alamipuntiyang pejah?6 (6-7) Badan kawula lesu margi déningpangesah kawula; saben dalu patilemankawula ngantos teles kebes, margidéning luh ingkang nelesi bantal kawula.7 (6-8) Kawula mèh mboten sagedningali, mripat kawula dados lamur,semanten enggèn kawula nangis, margisaking pendamelipun para mengsahkawula.8 (6-9) Padha sumingkira saka aku, hésakèhé wong kang gawé piala, mergaAllah wis miyarsakaké tangisku.9 (6-10) Allah wis njurungi pandongaku,Allah wis nyembadani panyuwunku.10 (6-11) Sakèhé satruku padha kisinanlan padha wedi banget; nuli padhamundur sakal, padha kwirangan kabèh.

71Kidung pangadhuh anggitanéDawud, dikidungaké merga Kusy,

wong Bènyamin. (7-2) Dhuh Pangéran,Allah kawula, sowan kawula nyuwunpengayoman; mugi kersa nguwalakenkawula saking sedaya tiyang ingkangsami ngoyak-oyak dhateng kawula, sahamugi kersa paring pangluwaran.

Page 11: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 7.2–8 102 (7-3) Sampun ngantos sami nubrukkawula kados singa, lan nggondholkawula ngantos mboten wonten ingkangsaged nguwalaken.3 (7-4) Dhuh Pangéran, Allah kawula,saupami kawula nindakaken piawon,menawi ta kawula males awon dhatengmitra,4 (7-5) utawi kawula nandukakenpiawon dhateng tiyang ingkang nglawandhateng kawula tanpa sebab, saupamièstu mekaten,5 (7-6) mugi mengsah kawula samingoyak-oyaka lan nyepeng kawula, sartakawula dipun idak-idaka ing siti, tuwindipun pejahana, temah badan kawuladados lebu.6 (7-7) Dhuh Allah, mugi kersajumeneng kalayan duka, sarta nglawandhateng pangigit-igitipun satru kawula.Mugi kersa jumeneng paring pitulungandhateng kawula, margi Paduka sampunmundhut wontena keadilan!7 (7-8) Bangsa-bangsa mugi samikaklempakna ing ngarsa Paduka, lajengsami Paduka rèh saking ngaluhur.8 (7-9) Gusti Allah ngadili para bangsa!Mugi kersa ngadili kawula, dhuh Allah,

Page 12: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 7.9–15 11

menapa kawula menika resik, menapamanah kawula tumemen.9 (7-10) Mugi-mugi piawonipun tiyangduraka saged mantun. Tiyang ingkanglampahipun temen mugi Padukasantosakaken. Dhuh Allah, Padukaingkang ndadar manah saha telengingbatosipun manungsa, Paduka Allahingkang adil.10 (7-11) Allah kuwi tumraping akutamèng, kang ngreksa marang wongsing atiné lugu.11 (7-12) Gusti Allah kuwi Hakimkang adil lan Allah kang ndhawuhaképaukumané marang wong ala.12 (7-13) Tumrap wong sing oramratobat, Allah bakal ngasah pedhangé,sarta menthang gendhéwané, siaganglepas panahé.13 (7-14) Gaman-gamané sing ampuhdicawisaké kanggo wong duraka, panahédisiapaké.14 (7-15) Sejatiné wong kuwi senengngangen-angen piala, ngrancangkarusakan, lan seneng goroh.15 (7-16) Wong kuwi ndhudhukluwangan, digawé jero, nanging

Page 13: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 7.16–8.4 12

kecemplung dhéwé ing luwangan singdigawé mau.16 (7-17) Piala sing ditindakaké mbalikngenani sirahé dhéwé, sarta penggawénéala nibani embun-embunané.17 (7-18) Aku dakmemuji marang Allahmerga keadilané, sarta ngidungakémasmur konjuk ing Asmané KangMahaluhur.

81Masmur anggitané Dawud, kanggopemimpin penyanyi, kaya laguné

Gitit. (8-2) Dhuh Allah, Gusti kawula, ibamulyaning asma Paduka ing salumahingbumi! Kamulyan Paduka ingkangngungkuli langit sami dipun luhurakensrana kekidungan.2 (8-3) Dalah bayi ingkang taksih nesepsami tumut memuji. Paduka kagunganpangwasa kanggé mbungkem para satruPaduka, sarta nyegah tiyang ingkangbadhé males awon.3 (8-4) Menawi kawula tumengaing langit, ningali pakaryaning astaPaduka, nyawang dhateng rembulan lanlintang-lintang ingkang Paduka tata.4 (8-5) Menapa ta ajinipun manungsa,déné Paduka èngeti? Manungsa kanggémenapa, déné Paduka opèni?

Page 14: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 8.5–9.2 135 (8-6) Piyambakipun Paduka dadosakenkaot sekedhik ajinipun kaliyan Paduka,sarta Paduka ganjar kadrajatan lankamulyan?6 (8-7) Piyambakipun Paduka paringipangwasa mengku para titah Paduka;sarta samukawis Paduka telukaken ingsangandhaping tlapakanipun;7 (8-8) inggih sakathahing ménda,lembu dalah sato kéwan ing ara-ara,8 (8-9) peksi ing awang-awang lanulam ing seganten, lan sedaya tumitahingkang wonten ing telenging samodra.9 (8-10) Dhuh Allah, Gusti kawula, ibamulyanipun asma Paduka wonten ingsalumahing bumi!

91Masmur anggitané Dawud kanggopemimpin penyanyi. Kaya laguné

kidung: Patiné anak lanang. (9-2)Kawula badhé saos sokur dhatengAllah kalayan gumolonging manah;kawula badhé nyariyosaken sawerniningkaélokan Paduka.2 (9-3) Kawula badhé bingah-bingahmargi saking Paduka, tuwin ngidungakenmasmur kanggé ngluhuraken asmaPaduka, dhuh Allah Ingkang Mahaluhur.

Page 15: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 9.3–9 143 (9-4) Sebab satru kawula samimundur, sami rebah lan sirna ing ngarsaPaduka.4 (9-5) Awit Paduka mbélani prekawiskawula sarta paring kemenangan, kadoshakim ingkang adil, Paduka lenggah ingdhampar.b5 (9-6) Bangsa-bangsa sampun Padukadhawahi paukuman lan tiyang awonsampun Paduka tumpes, namanipunmboten badhé kocap malih, ingselajengipun lan ing selami-laminipun.6 (9-7) Satru kawula sampun telassirna, kithanipun sampun Padukagempur, ngantos sirna lan mboten dipunèngeti malih.7 (9-8) Nanging Allah ngedhaton ingselami-laminipun. Dhamparé didegakékanggo nindakaké pangrèhé.8 (9-9) Panjenengané ngadili jagadkalayan adil, lan ngadili bangsa-bangsakalayan kabeneran.9 (9-10) Dadiné Allah jumenengpangungsèné wong sing kesrakat.Pangungsèn samasa ati krasa rupek.

bdhampar: palenggahanipun raja: tahta (bhs.Ind.).

Page 16: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 9.10–15 1510 (9-11) Tiyang ingkang wanuhdhateng Paduka menika sami kumandeldhateng Paduka. Tiyang ingkang madosiPaduka mboten naté Paduka tégakaken,dhuh Allah.11 (9-12) Memujia kalawan masmurkonjuk marang Allah, kang ngedhatonana ing Sion! Pakaryané wartaknamarang para bangsa!12 (9-13) Merga Panjenengané kangmalesaké getih kang kawutahaké, iyangèngeti wong sing disiya-siya; ora supémarang pesambaté.13 (9-14) Dhuh Allah, kawula mugiPaduka welasi, mugi mirsani dhatengkasangsaran kawula, margi sakingpendamelipun satru kawula; mugiPaduka ngluwari kawula saking pejah,dhuh Allah.14 (9-15) Supados kawula saminyariyosaken sedaya pakaryan Padukaingkang élok, lan sami surak-surakwonten ing ngajengipun tiyang-tiyanging Yérusalèm awit saking pitulunganPaduka.15 (9-16) Bangsa-bangsa samikecemplung ing luwangan ingkangdipun damel piyambak, sukunipun sami

Page 17: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 9.16–10.2 16

kesrimpung ing jiret ingkang dipunpasang piyambak.16 (9-17) Gusti Allah wis nglairakésarirané lan wis ndhawahaképaukumané; wong ala kejiret déningpenggawéné dhéwé.17 (9-18) Wong lamis iku marani pati,yakuwi sakèhé bangsa kang sungkanngabekti marang Allah.18 (9-19) Awit ora ing selawasé wongmlarat ditégakaké, pengarep-arepéwong sangsara ora ilang ing selawasé.19 (9-20) Dhuh Allah, mugi kersajumeneng, manungsa sampun ngantosngendelaken badanipun piyambak;bangsa-bangsa mugi Paduka adili ingngarsa Paduka!20 (9-21) Supados sami ajrih, dhuhAllah, mila badhé sami ngakeni,bilih piyambakipun menika namungmanungsa kémawon.

101Dhuh Allah, kénging menapaPaduka jumeneng ing katebihan

lan umpetan samasa kawula nandhangkaribedan?2Margi saking angkuhipun, tiyang-tiyang awon sami nindhes tiyangkesrakat; tiyang-tiyang jahat wau sami

Page 18: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 10.3–9 17

kénginga jireting pangothak-athikipunpiyambak.3Margi tiyang awon sami ngujapepénginané manahipun, lan tiyangsrakah ngipat-ipati sarta nampik Allah.4Tiyang duraka kalayan umuk samimungel, "Gusti Allah rak ora arep malesmarang aku! Gusti Allah ora ana!"mekaten penganggepipun.5Salampah-lampahipun tansahangsal damel; dhawuh Paduka menikakemuluken, ngantos piyambakipunmboten gaduk; sedaya mengsahipundipun anggep sepélé.6Osiking manahipun, "Kekuwatankuora bakal suda. Aku ora bakal kena ingpaukuman."7Senengipun memisuh, goroh lanmisakit; tembungipun kebak pangancamlan piawon.8Piyambakipun ndhelik ing gubug-gubug; ing papan ingkang sepen badhémejahi tiyang ingkang tanpa kalepatan.9Mripatipun ndingkik tiyang ingkangapes, lan ndhekem ing pandhelikan.Kados singa ing rerungkudan, ing ngrikuenggènipun ngentosi tiyang ingkangbadhé dipun mangsa. Tiyang wau

Page 19: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 10.10–15 18

dipun tubruk lan dipun glandhang ingpandhelikanipun.10Caranipun mendhak, mbungkuklajeng nubruk; tiyang-tiyang ingkangapes wau srana cakaripun ingkang rosa.11Osiking manahipun, "Allah mesthiora mreduli; Panjenengané ora mirsani,mulané ora bakal pirsa aku."12Dhuh Allah, mugi kersa jumeneng!Dhuh Allah, mugi kersa mulungaken astaPaduka. Tiyang ingkang kesrakat mugisampun ngantos Paduka supèkaken.13Kénging menapa tiyang duraka samingawon-awon Allah, kalayan criyosing manahipun, "Aku mesthi ora bakaldiwales déning Allah."14Mangka Paduka saèstunipun pirsa,margi Paduka menika mirsani dhatengkasisahan tuwin sakiting manah, sartaPaduka pundhut ing asta Padukapiyambak. Pramila tiyang apes samisuméndhé pasrah dhateng Paduka; lantumraping laré lola, Paduka jumenengjuru pitulunganipun.15Kekiyatanipun tiyang awon mugiPaduka sirnakaken, piawonipun mugiPaduka adili, ngantos sami sirna sakingngarsa Paduka.

Page 20: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 10.16–11.3 1916Allah jumeneng raja langgeng ingselawasé. Para bangsa sing nyembahbrahala wis padha sirna saka tanahéAllah.17Dhuh Allah, Paduka mugi nyembadanipandonganipun tiyang kesrakat,manahipun mugi sami Padukasentosakaken.18Talingan Paduka mugi nilingaken,sarta Paduka badhé paring keadilan,dhateng laré lola lan dhateng tiyangingkang dipun aniaya, supados ing jagadmboten wonten tiyang ingkang wantunnganiaya dhateng sesaminipun.

111Masmur anggitané Dawudkanggo pemimpin penyanyi. Aku

ngandel marang Allah, kepriyé dénékowé wani-wani karo aku muni, "Maburamenyang gunung kaya manuk!"2Merga wong ala menthanggendhéwané, masang panahé ingkendhengingc gendhéwané, kanggomanah wong sing atiné jujur, ana ingpetengan.3Menawa cagak sing dienggo cekelanambruk, wong mursid arep kepriyé?

ckendheng: sendheng: tangsul gendhéwa.

Page 21: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 11.4–12.3 204Gusti Allah dedalem ana ingPedalemané kang suci; palenggahanéana ing swarga. Tingalé ngulataképara manungsa, mirsani sing padhadititahaké.5Allah ndadar marang wong mursidlan marang wong jahat, Panjenenganégething marang wong sing dhemennganiaya.6Wong ala padha diudani geni mawalan lirang; sarta diganjar angin singpanas.7Merga Allah iku adil, lan rena marangkabeneran; wong sing barès atiné bakalndeleng marang wedanané Allah.

121Masmur anggitané Dawud,kanggo pemimpin penyanyi. Kaya

lagu sing kaping wolu. (12-2) DhuhAllah, mugi kersa paring pitulung, sebabtiyang mursid sampun telas, sampunmboten wonten tiyang ingkang temen.2 (12-3) Tiyang sedaya samigoroh, ingkang setunggal nggorohisetunggalipun; wicantenipun samilelamisan, manahipun rangkep.3 (12-4) Muga-muga Allah numpessakèhé lambé kang lamis lan sakèhé ilatsing seneng umuk.

Page 22: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 12.4–13.1 214 (12-5) Wong mau padha muni, "Sranatembungku aku bisa nuruti apa singdakkarepaké! Aku bisa muni sekarepku,lan ora ana wong sing bisa menggakaku!"5 (12-6) Pangandikané Allah, "Akuarep rawuh, merga wong miskin padhaditindhes lan wong sing dikuya-kuyapadha sesambat. Aku paring pitulunganmarang sing padha ngarep-arep marangpitulungan."6 (12-7) Janjiné Allah kena dipesthèkakémurniné, kaya slaka sing dilèlèr inggeni, nganti rambah ping pitu. DhuhAllah, namung Paduka piyambakingkang netepi janji Paduka. Padukatansah badhé ngayomi kawula, sartanguwalaken kawula saking tiyang-tiyangawon menika ing selami-laminipun.7 (12-8) (12:6)8 (12-9) Tiyang duraka menika wontening saenggèn-enggèn, lan saben tiyangsami ngalem dhateng piawon.

131Masmur anggitané Dawudkanggo pemimpin penyanyi. (13-

2) Dhuh Allah, ngantos pinten laminipunenggèn Paduka badhé nyupèkakenkawula? Taksih pinten dangunipun

Page 23: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 13.2–14.1 22

enggèn Paduka nutupi wedana Padukaing ngatasipun kawula?2 (13-3) Ngantos pinten laminipunenggèn kawula kedah nandhangkuwatos ing manah, sarta ngraosakenkasisahan sadinten-dinten? Ngantospinten laminipun para mengsah kawulasami ngawonaken kawula?3 (13-4) Kersaa mirsani dhatengkawula, lan kersaa paring wangsulan,dhuh Pangéran, Allah kawula! Kersaamangsulaken kekiyatan kawula, supadoskawula mboten ngalami pejah.4 (13-5) Supados satru kawulamboten sami mungel, "Dhèwèké wisdaktelukaké." Lan mengsah kawula samisurak-surak, samasa kawula keplajeng.5 (13-6) Nanging kawula pitadosdhateng sih-kadarman Paduka, lanmanah kawula surak-surak mergi sakingpitulungan Paduka.6 (13-7) Aku arep memuji konjuk ingAllah, merga saka kasaénané marangaku.

141Masmur anggitané Dawudkanggo pemimpin penyanyi.

Wong bodho kandha ing sajroning atiné,"Allah kuwi ora ana!" Apa sing dilakoni

Page 24: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 14.2–15.1 23

kuwi rusuh lan nistha, ora ana sing gawékabecikan.2Gusti Allah mirsani saka swargamarang para manungsa, apa ana singduwé budi lan nggolèki Allah.3Wis padha nasar kabèh, kabèh wisbejat; ora ana sing gawé becik, siji waéora ana.4Wong kabèh padha ora rumangsanglakoni piala, enggoné padha manganbangsaku nganti ludhes kaya wongmangan roti waé, sarta padha ora taunyebut marang Allah.5Nanging wong-wong mau bakal padhaketaman ing pagiris gedhé, merga Allahana ing tengahé wong mursid.6Karebèn wong ala padha mbubrahrancangané wong kesrakat, nangingAllah ngayomi wong-wong mau.7Muga-muga Israèl diparingikemenangan saka Sion! MenawaAllah mulihaké kaanané umaté,Yakub bakal surak-surak, sarta Israèlbungah-bungah.

151Masmur anggitané Dawud. DhuhAllah, sinten ingkang kelilan

manggèn ing Kémah Paduka? Sinten

Page 25: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 15.2–16.2 24

ingkang kelilan manggèn ing redi Padukaingkang suci?2Yakuwi wong kang lakuné tanpacacad, sarta nglakoni penggawé becik,3kang tembungé temen kalayan trusing ati, lan ora seneng wewadul, sartaora gawé ala marang pepadhané, oranacad marang padha-kancané, lan orangrasani tanggané;4kang éwa marang wong kangtumindak nistha, nanging ngajènimarang wong mursid; saupama sumpahkang marakaké pitunané dhéwé, iya oradijabel;5kang ora nganakaké dhuwit, oranampani besel lan ora nglawan wongsing ora duwé kaluputan. Sapa singkelakuané kaya mengkono, uripé bakaltentrem.

161Miktamd anggitané Dawud.Dhuh Allah, kawula mugi Paduka

reksa, awit Paduka menika pengayomankawula.2Unjukku marang Allah, "Padukamenika Allah kawula, kawula mbotengadhah kabegjan sanèsipun kejawisaking Paduka piyambak!"

dMiktam: namanipun lagu, bangsanipun syair.

Page 26: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 16.3–9 253Para tiyang pitados menika tiyangmulya, menika tiyang ingkang kawularemeni.4Tiyang ingkang nyembah dhatengallah sanès-sanèsipun badhé manggihkasisahan kathah. Kawula mbotenbadhé tumut saos kurban kaliyanpiyambakipun; kawula mboten badhényembah dhateng allahipun, namanipunmboten badhé kawula ucapaken.5 "Dhuh Allah, sedaya gadhahan kawulanamung wonten ing Paduka. Padukamaringi samukawis ingkang kawulabetahaken, nasib kawula wonten ingasta Paduka.6 Iba élokipun peparing-peparingPaduka; iba saénipun sedaya menika!"7Aku dakmemuji marang Allah mergasaka pitedah-pitedah sing diparingakémarang aku. Ing wayah bengi akutansah diélingaké déning batinku.8Aku tansah éling yèn Allah ana ingngarepku, Panjenengané celak, mulanéaku ora sumelang.9Atiku bungah lan nyawaku surak-surak, mula aku pasrah kalawanayem-tentrem.

Page 27: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 16.10–17.4 2610 "Margi Paduka mboten badhémasrahaken nyawa kawula dhatengteleng palimenganing pejah, lan mbotennégakaken kekasih Paduka ngantosangalami sirna.11Paduka nedahaken margining gesangdhateng kawula; wonten ing ngarsaPaduka kabingahan kawula ngantoslubèr, kabingahan peparing Padukalanggeng ing selaminipun."

171Pandongané Dawud. DhuhAllah, mugi kersa miyarsakaken

pandonga kawula, nyuwun keadilan,mugi kersa migatosaken pesambatkawula nyuwun pitulungan, medalmanah ingkang tulus.2Putusan ingkang Paduka dhawahakenbadhé ngleresaken kawula, margipaningal Paduka mirsani menapaingkang leres.3Menawi Paduka nguji manah kawula,Paduka tliti ing wanci dalu, sarta mriksakawontenan kawula, Paduka mbotenbadhé manggih prekawis ingkang awon.4Kawula mboten naté ngraosi kadostiyang sanès, kawula mbangun-turut dhateng Paduka, lan mbotenngrodha-peksa.

Page 28: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 17.5–12 275Selaminipun kawula ngambah margiPaduka lan mboten naté nilar pitedahPaduka.6Dhuh Allah, kawula ndedonga dhatengPaduka, margi Paduka paring wangsulandhateng kawula; pramila mugi kersanilingaken kawula sarta midhangetakenatur kawula.7Mugi kersa ngetingalaken sih-kasetyanPaduka ingkang élok, sarta mitulungikawula; wonten ing pamengku Padukakawula badhé luwar saking pendamelingmengsah kawula.8Kawula mugi Paduka reksa, kadosmaniking paningal Paduka piyambak;sarta Paduka kempit wonten ing swiwiPaduka,9 supados tiyang ingkang ngangkahrisak kawula mboten saged manggihikawula; mekaten ugi satru bebuyutankawula ingkang sami ngrubung kawula.10Tiyang menika sami mboten gadhahkatresnan lan wicantenipun angkuh.11Sami ngetutaken kawula ing sapurugkawula, kawula tansah dipun awasi,supados saged ngrebahaken kawula.12Èmperipun kados singa ingkangbadhé ndekep, kados singa nèm ingkang

Page 29: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 17.13–18.1 28

mendhak-mendhak badhé nyempal-nyempal kawula ing pandhelikan.13Dhuh Allah, mugi kersa jumeneng,tiyang menika mugi Paduka lawan lanPaduka kawonaken. Dhuh Allah, kawulamugi Paduka luwari srana pedhangPaduka, saking tanganipun tiyang awon.14Dhuh Allah, asta Paduka mugingluwari kawula saking tiyang dosaingkang pandumanipun wonten ingdonya ngriki; mugi Paduka ukum sranapaukuman ingkang sampun Padukacawisaken kanggé piyambakipun,kanggé anak-anakipun, lan tirahanipunkawarisna dhateng putu-putunipun.15Nanging menggah kawula, ingkangPaduka luwari saking dosa lanpaukuman, badhé nyawang wedanae

Paduka, lan mbénjing ing dinteningpetangèn badhé kalayan maremnyawang dhateng Paduka.

181Masmur anggitané Dawud,abdiné Allah, kang ngunjukaké

pamuji marang Allah, sawisé diluwarisaka tangané sakèhing mungsuhé lansaka tangané Saul, kanggo pemimpinpenyanyi. (18-2) Pangucapé Dawud,

ewedana: pasuryan. Tembungipun limrah: rai.

Page 30: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 18.2–8 29

"Kawula tresna dhateng Paduka, dhuhAllah, Paduka menika kekiyatan kawula!2 (18-3) Dhuh Allah, Paduka menikaingkang ngreksa kawula, inggih tamèngkawula, lan pangungsèn kawula, ingkangngluwari kawula."3 (18-4) Pinujia Allah, awit asmanékang daksebut, wis ngluwari aku sakatangané mungsuhku.4 (18-5) Nalika tali-talining pati mbandamarang aku, lan ombaking kasangsaranngebyuki aku,5 (18-6) bebaya pati ngepung aku,jireting pati dipasang ana ing ngarepku,6 (18-7) ing sajroning karupekanmau, aku sesambat marang Allah, akunyebut asmané nyuwun pitulungan.Panjenengané saka ing dalemé miyarsaf

swaraku, panjeritku katampi ingtalingané.7 (18-8) Bumi banjur gonjing landhasaring gunung moyag-mayig, mergasaka mulading dukané.8 (18-9) Granané ngetokaké kukus,saka tutuké metu geni memangsa,mawané mengangah.

fmiyarsa: tembungipun limrah: mireng.

Page 31: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 18.9–15 309 (18-10) Langit dipentiyungaké,Panjenengané nuli tumedhak;mendhung sing peteng ana ingsangisoring sampéyané.10 (18-11) Panjenengané nuli nitihkerub,g banjur mabur nglayang ingsandhuwuring angin.11 (18-12) Pepeteng didadèkaképandhelikané, udan sing peteng lanmendhung kandel kaagem minangkatarubé.12 (18-13) Mendhung, udan ès lanmawa mengangah kena sunaré temahsirna.13 (18-14) Allah nganakaké gludhug anaing langit, Kang Mahaluhur ngulukakésabdané.14 (18-15) Panahé dilepasaké, ngantimungsuhé dibuyaraké, bledhègditlorongaké, temah padha gumyur.15 (18-16) "Dhasaring seganten dadosketingal, lan dhasaring bumi kabikak,margi saking mulading bebendu Paduka,lan saking bentèring napas saking granaPaduka."

gkerub: golongané malaékat.

Page 32: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 18.16–22 3116 (18-17) Panjenengané nuli mulungastané saka ngaluhur, aku banjurdicandhak, dientas saka banjir gedhé.17 (18-18) Panjenengané ngluwari akusaka mungsuhku sing gagah prakosa,lan saka wong-wong sing sengit marangaku, merga satruku kwasané ngungkuliaku.18 (18-19) Nalika aku nandhangsangsara, aku dicegat déningmungsuhku, nanging Allah ikukekuwatanku.19 (18-20) Aku diirid metu menyangpapan sing ombèr, lan aku diluwari,merga Panjenengané tresna marangaku.20 (18-21) Aku diwales déningAllah miturut kaananku kang resik.Aku diberkahi merga aku ora duwékaluputan.21 (18-22) Aku mbangun-turut marangprenatané Allah, aku ora nyingkurPanjenengané.22 (18-23) Panjenengané pirsa yèn akuora nglirwakaké sakèhé dhawuhé lansakèhé pepakoné dakgatèkaké.

Page 33: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 18.23–29 3223 (18-24) Lakuku tanpa cacad ana ingngarsané, lan aku tansah ngati-ati; oranganti gawé kaluputan ing ngarsané.24 (18-25) Mulané Allah males marangaku miturut kaananku sing bener, mergaPanjenengané pirsa yèn aku ora duwékaluputan.25 (18-26) "Dhuh Allah, kawula menikasetya dhateng tiyang ingkang tresnadhateng Paduka; tumrap tiyang ingkanglampah saé, Paduka paring kasaénan.26 (18-27) Tumrap tiyang ingkang resiking manah, pangrèh Paduka inggih resik,nanging tiyang ingkang nglawan dhatengPaduka, inggih Paduka lawan.27 (18-28) Tiyang ingkang andhap-asorPaduka pitulungi, nanging Padukangasoraken tiyang ingkang angkuh.28 (18-29) Dhuh Pangéran, Allahkawula, Paduka ingkang paringpepadhang dhateng kawula, pepetengkawula menika Paduka ingkangnyingkiraken.29 (18-30) Paduka ingkang paringkekiyatan, ngantos kawula wani nerjangmengsah. Margi saking Allah kawula,kawula wantun nglumpati témbok."

Page 34: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 18.30–36 3330 (18-31) Pangrèhé Allah ikusampurna, pangandikané Allah ikumurni; Panjenengané minangka tamèngtumrap saben wong sing ngungsi marangPanjenengané.31 (18-32) Sebab sapa ta sing jumenengAllah kejaba Panjenengané? Lan sapa takang jumeneng pangungsèn kita kejabaAllah kita?32 (18-33) Allah iku kang dadikekuwatanku, sing gawé lakukukepénak,33 (18-34) kang ndadèkaké jangkahkuènthèng kaya sikiling menjangan; singngreksa aku ana ing pegunungan,mulané aku ayem.34 (18-35) Panjenengané kang nglatihaku perang, nganti aku bisa menthanggendhéwa tembaga.35 (18-36) Kawula Paduka paringitamèng kawilujengan Paduka, lankekiyatan Paduka nyanggi kawula,sarta sih-palimirma Paduka ndadosakenkawula ayem.36 (18-37) Krana saking Paduka kawulamboten naté kecepeng ing mengsah, lansuku kawula mboten naté kesandhung.

Page 35: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 18.37–43 3437 (18-38) Mungsuhku dakoyak ngantikecekel, aku durung bali yèn mungsuhkudurung dakpatèni kabèh.38 (18-39) Mungsuhku dakgebug ngantiora bisa tangi menèh; padha ambrukana ing sangisoring tlapakanku.39 (18-40) Paduka ndadosaken kawularosa ing perang, tiyang ingkang nglawandhateng kawula, Paduka telukakendhateng pangwaos kawula.40 (18-41) Mengsah kawula Padukadamel ajrih, mila sami keplajeng, lantiyang ingkang sengit dhateng kawula,sami Paduka tumpes.41 (18-42) Tiyang wau sami sesambatnyuwun tulung, nanging mboten wonteningkang nulungi; sami celuk-celukdhateng Allah, nanging Allah mbotenparing wangsulan.42 (18-43) Mungsuhku padha dakejur-ejur nganti kaya bledug kabur ing angin,lan dakbuwang ing dalan kaya blethok.43 (18-44) Paduka sampun nguwalakenkawula saking umat ingkang mbaléla.Kawula Paduka dadosaken raja ingkangngerèh para bangsa. Tiyang ingkangmboten kawula tepangi, sami dadosrèh-rèhan kawula.

Page 36: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 18.44–50 3544 (18-45) Tiyang manca negari saminyembah dhateng kawula, menapasapréntah kawula dipun turut.45 (18-46) Mengsah sami kécalankekendelanipun, mila sami medal sakingbètèngipun kalayan gumeter.46 (18-47) Paduka menika Allahingkang gesang! Pinujia Juru Slametku!Linuhurna Allah kang mitulungi aku!47 (18-48) Allah kang malesakéaku! Kang nelukaké bangsa-bangsakadadèkaké rèh-rèhanku.48 (18-49) Panjenengané ngluwariaku saka mungsuhku. Padukasampun ngluhuraken kawula ngantosnglangkungi tiyang-tiyang ingkangsami nglawan dhateng kawula. Kawulasampun Paduka luwari saking tanganipuntiyang-tiyang ingkang ambek siya.49 (18-50) Pramila kawula badhéngidungaken nyanyian puji sokurdhateng Paduka, ing tengahing parabangsa. Dhuh Allah, kawula badhé saospuji sokur konjuk ing asma Paduka.50 (18-51) Panjenengané sing paringkemenangan marang Sang Raja, abdiné,sarta ngetingalaké sih-kasetyanémarang wong sing ditetepaké ing

Page 37: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 19.1–7 36

kalenggahané, yakuwi marang Dawudlan anak-putuné turun-temurun!

191Masmur anggitané Dawud,kanggo pemimpin penyanyi.

(19-2) Langit nyritakaké kamulyanéAllah lan akasa mratélakaké yasaningastané.2 (19-3) Ing wayah awan ngandhakakébab pakaryané mau tekan dinacandhaké, lan wayah wengi nyritakakéganti-gumanti bab pakaryan mau.3 (19-4) Enggoné crita ora nganggotembung, swarané ora keprungu.4 (19-5) Éwasemono kawentar ingsalumahing bumi, nyrambahi sajagadwrata. Allah yasa kémah ing akasakanggo srengéngé,5 (19-6) kang njedhul ing wayah ésukkaya pengantèn lanang metu sakakamaré, gagah kaya satriya lelana.6 (19-7) Wetuné saka ing tepininglangit, banjur nanjak nganti tekan sisihliyané; ora ana barang sing ngaling-alingipanasé.7 (19-8) Dhawuh-dhawuhé Allah ikusampurna, nyegeraké nyawa. PrenatanéGusti Allah kena diendelaké, minterakéwong sing ora pengalaman.

Page 38: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 19.8–14 378 (19-9) Dhawuhé Gusti Allah kuwibener, gawé bungahé ati; dhawuhé Allahkuwi adil, madhangi nalar lan budi.9 (19-10) Pangabekti marang Allah,selawasé becik, putusané Allah mesthibener, adil ing sekabèhé.10 (19-11) Dhawuhé Gusti Allah kuwibeciké ngungkuli emas, malah emastuwa sing akèh pisan; leginé ngungkulimadu, sing tumètès saka talaning tawon.11 (19-12) Abdi Paduka sami angsalseserepan; kawula ingkang samingèstokaken sami angsal ganjaran.12 (19-13) Sinten ingkang sagednyumerepi kalepatan ingkang dipunlampahi? Mugi kersa nglebur kalepatankawula ingkang mboten kawula jarag.13 (19-14) Kang abdi mugi Padukatebihaken saking dosa ingkang dipunjarag, sampun ngantos dosa waungwaosi ingkang abdi. Mila kawulabadhé tanpa cacad, sarta resik sakingkalepatan ageng.14 (19-15) Mugi tembung ingkangkawula ucapaken, sarta pengangen-angening manah kawula damel renaningpenggalih Paduka. Dhuh Allah, Paduka

Page 39: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 20.1–5 38

menika pangungsèn saha panebuskawula.

201Masmur anggitané Dawudkanggo pemimpin penyanyi.

(20-2) Pangéran mugi nyembadanipanyuwunipun Sang Prabu ingnalikanipun nandhang reribed! AllahipunYakub mugi ngayomi Sang Prabu!2 (20-3) Allah mugi maringi pitulungandhateng panjenengan sakingPedalemanipun Allah, sarta paringpambiyantu dhateng panjenengansaking Gunung Sion.3 (20-4) Allah mugi kersa ngèngetisakathahing kurban dhaharan, sartarena dhateng kurban obongan ingkangpanjenengan saosaken.4 (20-5) Allah mugi maringi menapaingkang panjenengan kersakaken, sartanjurungi menapa ingkang panjenenganrancang.5 (20-6) Kawula badhé giyak-giyak,margi saking kemenangan panjenengan;sarta badhé memuji Allah, ingkangsampun paring kemenangan wau.Allah mugi njurungi ing sapanyuwunpanjenengan.

Page 40: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 20.6–21.2 396 (20-7) Ing samengko aku yakinyèn Allah mesthi paring kaunggulanmarang wong kang wis ditetepakékalenggahané. Allah paring wangsulansaka swarga, sarta paring kemenangansrana pangwasané.7 (20-8) Sawenèhing wong padhangendelaké krétané, sawenèh menèhngendelaké jarané, nanging aku padhangendelaké pangwasané Allah kita.8 (20-9) Wong-wong mau bakal padhatiba, nanging kita bakal ngadeg jejegkalawan mantep.9 (20-10) Dhuh Allah, Paduka mugiparing kemenangan dhateng SangPrabu; menawi nyebut asma Padukakersaa paring wangsulan.

211Masmur anggitané Dawudkanggo pemimpin penyanyi. (21-

2) Dhuh Allah, Sang Prabu bingah-bingahmargi sampun Paduka paringi kekiyatan;Sang Prabu sanget bingahipun, margisampun Paduka paringi kemenangan.2 (21-3) Sampun Paduka jurungipepénginané manahipun, panyuwunipunsampun Paduka leksanani.

Page 41: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 21.3–9 403 (21-4) Paduka sampun paring berkahingkang lubèr, lan sampun Paduka agemimakutha emas.4 (21-5) Sang Prabu nyuwun gesangdhumateng Paduka, inggih sampunPaduka paringi yuswa panjang ingkanglanggeng.5 (21-6) Ageng kaluhuranipun margisaking pitulung Paduka, asmanipunmisuwur lan ageng kawibawanipun.6 (21-7) Berkah Paduka tansah nyarengipanjenenganipun, temah ngalamikabingahan ing ngarsa Paduka.7 (21-8) Sang Prabu pitados dhatengAllah, lan margi saking sih-kasetyanipuningkang mahaluhur, panjenenganipunbadhé tetep sentosa.8 (21-9) Asta Paduka badhé nyepengmengsahipun sedaya, inggih sedayatiyang ingkang sengit dhatengpanjenenganipun.9 (21-10) Tiyang-tiyang wau badhéPaduka besmi, samasa Paduka rawuhngetingal, dhuh Allah, sami badhéPaduka tumpes srana paukumanPaduka, lan Paduka sirnakaken sranalatu.

Page 42: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 21.10–22.2 4110 (21-11) Anak-turunipun badhéPaduka tumpes saking bumi,kasirnakaken saking antawisipunmanungsa.11 (21-12) Menawi sami masangkala dhateng Sang Prabu, sarta samingancam ngangkah piawon, mbotenbadhé angsal damel.12 (21-13) Sami badhé dipun panahdéning Allah, ngantos badhé samimundur lan mlajeng.13 (21-14) Dhuh Allah, mugi kersajumeneng, saha ngetingalaken pangwaosPaduka. Kawula sami badhé memuji lanngidungaken pangwaos Paduka kalayanmasmur.

221Masmur anggitané Dawudkanggo pemimpin penyanyi.

Laguné kaya kidung: Menjangan ingwayah pajar. (22-2) Dhuh Allah kawula,Allah kawula, menapaa kawula Padukatégakaken? Kawula sesambat, nangingPaduka tetep tebih lan mboten mitulungikawula.2 (22-3) Dhuh Allah kawula, ing wancisiang kawula sesambat, nanging Padukamboten paring wangsulan; ing wanci

Page 43: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 22.3–9 42

dalu inggih mekaten, mila kawula inggihmboten angsal katentreman.3 (22-4) Mangka Paduka menikaingkang Mahasuci, ingkang pinuji-pujidéning umat Israèl.4 (22-5) Para leluhur kawula samipitados dhateng Paduka; samikumandel, lajeng Paduka luwari.5 (22-6) Paduka ingkang dipun sebut,lajeng sami Paduka entasaken. Padukaingkang dipun endelaken lan mbotensami kwirangan.6 (22-7) Nanging kawula menika cacing,sanès manungsa, dipun écé déning soksintena, sarta dipun sepèlèkaken déningtiyang sedaya.7 (22-8) Tiyang ingkang ningali kawulasami moyoki, kawula dipun ènjepikaliyan gèdhèg-gèdhèg.8 (22-9) Tembungipun, "Wong kuwiprecaya marang Allah, karebèn Allahsing ngentasaké. Karebèn Allah singngluwari, yèn pancèn Allah ngasihi wongkuwi."9 (22-10) Inggih, Paduka ingkangnglairaken kawula saking wetenganingbiyung kawula; Paduka ingkang

Page 44: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 22.10–16 43

ndadosaken kawula tentrem nalikakawula taksih nesep.10 (22-11) Wiwit lair mila kawulakapasrahaken dhateng Paduka, wiwitsaking wetenganing biyung kawulaPaduka dados Allah kawula.11 (22-12) Pramila mugi Paduka sampunnebihi kawula, margi bebaya sampuncelak, mangka mboten wonten tiyangingkang mitulungi.12 (22-13) Kawula dipun rubung déninglembu jaler; lembu-lembu Basan samingepung kawula.13 (22-14) Sami ngangapakencangkemipun dhateng kawula, kadossinga ingkang nubruk kalayan nggero.14 (22-15) Kekiyatan kawula telas,kados toya ingkang ambles ing siti.Balung-balung kawula sami pisah;manah kawula kados lilin ingkang lèlèh.15 (22-16) Gorokan kawula garingpresasat awu, ilat kawula kraket kaliyancethak kawula. Kawula Paduka tilargemléthak ing lebuning bumi.16 (22-17) Kawula karubung déningsegawon-segawon, grombolaning tiyangawon sami ngepang kawula, tangan lansuku kawula sami dipun cublesi.

Page 45: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 22.17–23 4417 (22-18) Balung kawula saged kawulaétang sedaya, tiyang-tiyang wau saminingali dhateng kawula, lan kawulakadamel tontonan.18 (22-19) Sandhangan kawula samidipun edum-edum, sarta penganggékawula dipun undhi.19 (22-20) Nanging, dhuh Allah, mugiPaduka sampun nebihi kawula, Padukamenika kekiyatan kawula, mugi énggalrawuh mitulungi kawula.20 (22-21) Mugi nguwalaken kawulasaking pedhang, lan ngluwari kawulasaking panganiayanipun tiyang awon.21 (22-22) Mugi ngluwari kawulasaking cangkemipun singa, lan sakingsungunipun banthèng. Paduka sampunmaringi menapa ingkang kawula suwun.22 (22-23) Kawula badhé nyariyosakenasma Paduka dhateng sedhèrèk-sedhèrèk kawula, sarta memuji asmaPaduka wonten ing satengahingpasamuwan.23 (22-24) Hé para wong kang ngabektimarang Allah, padha nyaosna pujimarang Panjenengané. Hé sakèhéturuné Yakub, padha nyaosna urmatmarang Panjenengané! Hé sakèhé wong

Page 46: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 22.24–29 45

Israèl kabèh, padha duwéa wedi-asihmarang Panjenengané!24 (22-25) Merga Pangéran oranganggep nistha lan ora éwa marangkasangsarané wong kesrakat. Lan orangaling-alingi wedanané tumrap wongmau, malah miyarsakaké samasa padhasesambat.25 (22-26) Pujian kagem Padukabadhé kawula unjukaken, wonten ingkempalanipun tiyang kathah. Janjikawula badhé kawula luwari wontenngajenganipun tiyang-tiyang ingkangngabekti dhateng Paduka.26 (22-27) Wong kang andhap-asorbakal mangan wareg, wong sing nggolèkiAllah bakal memuji asmané. Atimu bakalpadha ayem selawasé.27 (22-28) Wong salumahé bumi bakalpadha éling, banjur padha mratobatmarang Allah. Para bangsa sedaya badhésujud wonten ing ngarsa Paduka.28 (22-29) Awit Paduka ingkangkagungan Kraton, Paduka ingkangmengku para bangsa sedaya.29 (22-30) Kabèh wong angkuhbakal tumungkul sujud ing ngarsané;mengkono uga wong kabèh kang mati.

Page 47: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 22.30–23.5 4630 (22-31) Para anak-putu bakalpadha ngabekti marang Allah, lanbakal nyritakaké bab Allah maranganak-turuné.31 (22-32) Turuné mau bakal nyritakakékeadilané marang bangsa kang bakallair; sing ditindakaké déning Pangéran,keadilan.

231Masmur anggitané Dawud. GustiAllah kuwi Pangènku, aku ora

kekurangan apa-apa.2Aku diengon ing pangonan kang akèhsuketé seger; aku digiring menyangpapan kang banyuné anteng.3Aku diparingi kekuwatan anyar, landituntun menyang dalan sing bener,kaya sing dijanjèkaké.4Lakuku senajan ngambah dalan singpeteng dhedhet, aku ora wedi bebaya,margi Paduka celak kawula; gada lanteken ingkang Paduka asta, menika njagikawula.5Paduka nata pasegahan kanggékawula, wonten ing ngajenging paramengsah kawula. Paduka ngurmatikawula srana netepaken mawi lisah ingsirah kawula; tuwung kawula Paduka isingantos mencep-mencep.

Page 48: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 23.6–24.7 476Kasaénan lan sih Paduka tansah badhéngiring lampah kawula salami kawulagesang, lan kawula badhé manggèn ingPedaleman Paduka, selami-laminipun.

241Masmur anggitané Dawud. Bumilan saisiné kabèh kuwi kagungané

Allah, mengkono uga jagad lan kangpadha ngenggoni.2Merga Gusti Allah kang nitahaké,pondhasiné disèlèhaké ana ing segara,adegé jejeg ana ing sandhuwurékali-kali.3Sapa sing diwenangaké munggahmenyang gunung sing disucèkaké déningAllah? Sapa sing diwenangaké ngadegana ing Pedalemané Allah?4Wong kang penggawéné resik lanjujur atiné, sing ora nyembah brahalalan ora dhemen goroh.5Bakal kaparingan berkah déning Allah,lan ditetepaké ora salah.6Wong sing kaya mengkono mau singsowan marang Allah, inggih ingkangsami madosi wedana Paduka; menikaturunipun Yakub.7Hé gapura, padha angkaten sirahmu,hé lawang-lawang langgeng, padha

Page 49: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 24.8–25.4 48

mengaa, supaya Ratuning Kamulyantindak mlebet.8Ratuning Kamulyan kuwi sapa? Allah,kang mahakwasa lan prakosa, Allahkang prakosa ing perang.9Hé gapura, padha angkaten sirahmu,hé lawang-lawang langgeng, padhamengaa, supaya Ratuning Kamulyantindak mlebet!10Ratuning Kamulyan kuwi sapa? Allahélangit lan bumi, iku Ratuning Kamulyan.

251Masmur anggitané Dawud.Dhuh Allah, kawula ngunjukaken

pandonga dhateng Paduka.2Dhuh Allah, Paduka menika ingkangkawula endelaken. Mugi sampun ngantoskawula kwirangan; mengsah kawulasampun ngantos saged bingah-bingahing ngatasipun kawula.3Saèstu tiyang ingkang ngantos-antos Paduka, menika mesthi mbotenkwirangan. Ingkang manggih wiranginggih menika tiyang ingkang rementumindak kianat tanpa sebab.4Dhuh Allah, kawula mugi Padukawulang, nyumerepi ingkang dados kersaPaduka.

Page 50: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 25.5–11 495Kawula katuntuna mlampah ingkayektosan Paduka, margi Padukamenika Allah ingkang ngentas kawula;Paduka ingkang kawula ajeng-ajengsedinten muput.6Dhuh Allah, Paduka mugi ngèngetisih-rahmat lan sih-kasetyan Paduka,awit menika sedaya sampun wontenwiwit-wiwitan mila.7Mugi sampun ngèngeti dosa kawulakala nènèman, tuwin dhateng panerakkawula. Kawula mugi Paduka èngetimanut kasetyan Paduka, krana sakingkesaénan Paduka, dhuh Allah.8Gusti Allah kuwi becik lan adil; mulanéwong dosa diwulang bab dalan singbener.9Wong kang lembah manah dituntunngambah dalan sing bener. Wongkang lembah atiné ditedahi dalan singdikersakaké.10Sakèhé dalan pitedahé Allahmujudaké sih lan kabenerané. Yakuwitumrap wong sing padha precayamarang janjiné lan netepi prenatané.11Dhuh Allah, mugi kersa ngapuntenkalepatan kawula krana asma Paduka,

Page 51: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 25.12–19 50

kersaa ngapunten, awit menika kathahsanget.12Sapa kang wedi marang Allah mesthidiwulang bab dalan sing kudu dipilih.13Wong mau tetep nampani kabegjan,lan anak-putuné bakal nduwèni bumi.14Gusti Allah kuwi raket karo wongsing wedi-asih marang Panjenengané,Panjenengané netepi janjiné kangdilairaké marang wong mau.15Mripatku tansah mandeng marangAllah, merga Panjenengané kangnguwalaké sikilku saka kala-jiret.16Paduka mugi mirsani kawula, sartamelasi kawula, awit kawula sèkèng tuwinkesrakat.17Manah kawula ingkang kebak reribedmugi Paduka damel longgar, kawula mugiPaduka uwalaken saking sakathahingreribed kawula.18Paduka mugi mirsani kesrakatantuwin kasisahan kawula, sahasakathahing dosa kawula mugi Padukalebur sedaya.19Paduka mugi mirsani mengsahkawula, déné semanten kathahipun,sarta semanten enggènipun sami sengitdhateng kawula.

Page 52: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 25.20–26.5 5120Kawula mugi Paduka reksa sahaPaduka luwari, sampun ngantos kawulakwirangan, margi kawula pitadosdhateng Paduka.21Kasucèn lan kautamèn kawulangayomana dhateng kawula, awitPaduka ingkang kawula antos-antos,dhuh Allah.22Dhuh Allah, Israèl mugiPaduka luwari, saking sakathahingkaribedanipun.

261Anggitané Dawud. Dhuh Allah,Paduka mugi paring keadilan

dhateng kawula, awit lampah kawulakalayan manah resik, pitados kawuladhateng Paduka, tanpa mangu-mangu.2Dhuh Allah, mugi kawula Paduka cobilan Paduka uji, Paduka kersaa nitipriksabatos lan manah kawula.3Sebab mripat kawula nenga dhatengsih lan kasetyan Paduka, awit lampahkawula miturut ing kayektosan Paduka.4Kawula mboten awor kaliyan tiyangingkang remen goroh, lan mbotensrawung kaliyan tiyang lamis.5Kawula sengit dhatengpakempalanipun tiyang ingkang

Page 53: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 26.6–12 52

nindakaken piawon, lan mboten linggihing pejagonganipun tiyang awon.6Kawula wisuh tangan, mretandhanibilih kawula mboten gadhah kalepatan,lajeng mlampah ngubengi mesbèhPaduka, dhuh Allah.7Kaliyan ngidung kanthi sorakekidungan minangka saos sokur, sartanyariyosaken sakathahing pakaryanPaduka ingkang élok.8Dhuh Allah, kawula remen dhatengPedaleman Paduka, inggih papanpengasoaning kamulyan Paduka.9Paduka mugi sampun ngantosmbéngkas nyawa kawula sesarengankaliyan nyawanipun tiyang dosa, utawimundhut gesang kawula sesarengankaliyan nyawanipun tiyang ingkangngwutahaken rah.10 Ingkang tanganipun tansah damelpiawon, lan tanganipun tengen nampènibesel.11Nanging lampah kawula kalayanmanah resik; mila kawula kaluwarana,lan kaparingana sih-palimirma.12Aku kalis saka sakèhé bebaya; akuarep memuji marang Allah ana ingpasamuwan.

Page 54: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 27.1–6 53

271Anggitané Dawud. Allah ikupepadhangku lan keslametanku,

sapa sing dakwedèni? Allah kang ngreksamarang aku, aku ora wedi karo sapawaé.2Nalika para durjana padha nyerangaku, nedya matèni aku, padhakesandhung lan tiba.3Senajan aku dikepung déning tentaranggawa gegaman, atiku tatag waé.Senajan aku dilurugi ing perang, akubakal tetep precaya.4Saprekara sing daksuwun marangAllah, kang dakpéngini banget, yakuwisajegku urip manggona ing PedalemanéAllah karo ngluhuraké kadarmané, lanngrasak-ngrasakaké kabecikané.5Sebab nalika aku katempuh ingbebaya; Panjenengané ngayomi aku anaing Pedalemané, aku dipapanaké ana inggunung parang.6Mulané saiki aku diluhuraké ngungkulisakèhé mungsuhku. Ana ing KémahéAllah aku arep nyaosaké kurban sokurkaro bungah-bungah. Aku arep memujinganggo masmur konjuk marang Allah.

Page 55: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 27.7–12 547Dhuh Allah, mugi miyarsakakenpesambat kawula, mugi melasi dhatengkawula, lan paring wangsulan.8Manah kawula mireng dhawuh Paduka,"Kowé sowana ing ngarsa-Ku. Pramilakawula inggih sowan,9dhuh Allah, mugi sampun ngaling-alingi wedana Paduka dhateng kawula."Kawula sampun ngantos Paduka tampikkalayan duka. Paduka menika ingkangmilujengaken kawula. Mugi kawulasampun Paduka tampik utawi Padukatégakaken, dhuh Allah, Juru Wilujengkawula.10Senajan kawula katilar déning bapalan biyung kawula, nanging Padukasampun mupu kawula.11Dhuh Allah, kawula mugi Padukawulang menapa ingkang kedah kawulalampahi, lampah kawula katuntuna ingmargi ingkang leres, sumingkir sakingsatru-satru kawula.12Sampun ngantos kawula Padukaulungaken dhateng panyia-nyianingsatru kawula, sebab kathah seksi gorohingkang nglawan kawula sesarengankaliyan tiyang ingkang remen ngrisak.

Page 56: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 27.13–28.4 5513Aku precaya yèn bakal ngrasakakékabecikané Allah sajroning uripku ingdonya!14Padha dikuwatna atimu lan singtatag! Padha nganti-antia pitulunganéAllah!

281Anggitané Dawud. Dhuh Allah,Pengayoman kawula, kawula

sesambat dhateng Paduka. Mugi kersamiyarsakaken pesambat kawula. MenawiPaduka mboten paring wangsulan,kawula kados sesaminipun tiyang pejah.2Mugi Paduka miyarsakaken pangesahkawula, samasa kawula sesambatdhumateng Paduka, tuwin ngangkattangan kawula madhep dhatengPedaleman Paduka ingkang suci.3Kawula sampun ngantos Padukaukum sareng kaliyan tiyang awon,ingkang nglampahi piawon; ingkanggrapyak dhateng kancanipun, nanginging batosipun ngrancang piawon.4Tiyang menika mugi Paduka walestimbang kaliyan awoning pendamelipun.Mugi Paduka ganjar laras kaliyanpendameling tanganipun. Mugi samiPaduka dhawahi pemales ingkang adil.

Page 57: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 28.5–29.2 565Tiyang-tiyang menika mboten saminggatosaken pakaryanipun Allah lanpangrèhing astanipun. Mulané bakalpadha dirusak, lan ora dibangun menèh.6Pinujia Allah, awit wis miyarsakaképesambatku!7Allah dadi kekuwatanku lan tamèngku,aku precaya marang Panjenengané,mulané aku banjur kapitulungan, dadiaku bungah-bungah, lan saos sokurnganggo nyanyian.8Allah iku kekuwataning umaté,Panjenengané dadi pangungsèn,sumberé pitulungané ing ngatasé wongkang dipilih.9Paduka mugi milujengaken umatPaduka sarta mberkahi bangsa kagunganPaduka; mugi sami Paduka angèn sartaPaduka rimati ing selaminipun.

291Masmur anggitané Dawud. Hépara titah sing ana ing swarga,

Allah, ya Allah piyambak, luhurnakamulyané lan pangwasané!2Asmané Allah kang mulya kuwiluhurna; padha sujuda ing ngarsanékaro nganggo sandhangan suci!

Page 58: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 29.3–30.1 573Swarané Allah keprungu ingsandhuwuré samodra, Allah kang mulyanganakaké gludhug.4Swarané Allah isi kekuwatan, swaranéAllah agung.5Ngrubuhaké wit èrès, wit èrès ingLibanon padha dirubuhaké.6Gunung Libanon didadèkaké mlumpat-mlumpat kaya pedhèt, lan GunungSiryon kaya gudèl.7Swarané Allah ngetokaké geninyembur-nyembur.8Swarané Allah ngoregaké ara-arasamun, ngoregaké ara-ara Kadèsy.9Swarané Allah ndadèkaké menjanganpadha manak sarta mbrindhilaké alasgedhé. Ing Pedalemané wong kabèhpadha muni, "Kamulyakna!"10Allah pinarak ing sandhuwuré banjir,Allah jumeneng Raja ing selawasé.11Allah kersa paring kekuwatan marangumaté, Allah kersa mberkahi umatéwujud katentreman!

301Masmur anggitané Dawud,kanggo ngresmèkaké

Pedalemanipun Allah. (30-2) DhuhAllah, Paduka kawula luhuraken, awitPaduka sampun ngentas kawula, sarta

Page 59: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 30.2–8 58

mboten marengaken satru kawula samibingah ing ngatasipun kawula.2 (30-3) Dhuh Allah, Allah kawula,kawula sesambat dhateng Paduka,lajeng kawula Paduka sarasaken.3 (30-4) Dhuh Allah, Paduka sampunngentas kawula saking jagadipun tiyangpejah, kawula Paduka gesangaken malih,ngantos mboten èstu mlebet ing kubur.4 (30-5) Hé para kekasihé Pangéran,padha saosa puji marang Panjenengané,sarta padha mujia asmané kang suci.5 (30-6) Awit bebenduné mungsedhéla, nanging kesaénané tetepselawasé urip. Sewengi muput padhatetangisan, bareng ngarepaké ésukpadha surak-surak.6 (30-7) Sajroné kabungahanku akungucap, "Aku bakal ora sléyoranselawasé!"7 (30-8) Dhuh Allah, Paduka sampunmapanaken kawula ing pucaking rediingkang kekah. Nanging sareng Padukangaling-alingi wedana Paduka, kawulakagèt sanget.8 (30-9) Dhuh Allah, kawula nyebutasma Paduka, kawula sesambat dhatengPaduka.

Page 60: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 30.9–31.2 599 (30-10) "Wutahing rah kawula wontenpaédahipun menapa? Utawi menawikawula kalebetaken ing kubur, lebumenapa saged memuji dhateng Paduka?Menapa saged nyriyosaken kasetyanPaduka?10 (30-11) Dhuh Allah, mugimiyarsakaken sarta melasi dhatengkawula. Paduka mugi mitulungi kawula!"11 (30-12) Pesambat kawula sampunPaduka jurungi; kawula Padukadadosaken saged jejogèdan, penganggékawula bagor sampun Paduka pundhut,Paduka santuni kabingahan.12 (30-13) Supados kawula nglagokakenmasmur konjuk dhateng Paduka, sartamboten kèndel kémawon. Dhuh Allah,Allah kawula. Paduka badhé kawula pujilanggeng ing selaminipun.

311Masmur anggitané Dawud,kanggo pemimpin penyanyi.

(31-2) Dhuh Allah, kawula ngungsidhateng Paduka, kawula mugi sampunngantos kwirangan, ing selaminipun,mugi Paduka entasaken margi sakingkeadilan Paduka.2 (31-3) Paduka mugi miyarsakaken,mugi énggal paring pitulungan! Paduka

Page 61: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 31.3–8 60

mugi kersa dados pangungsèn, ingkangngayomi saha mitulungi kawula.3 (31-4) Sebab Paduka menika parangsaha bètèng kawula, ingkang ngirid sahanuntun kawula miturut janji Paduka.4 (31-5) Kawula badhé Paduka uwalakensaking kala ingkang dipun pasang tiyangkanggé kawula, sebab Paduka menikapangungsèn kawula.5 (31-6) Dhateng asta Paduka enggènkawula mitadosaken nyawa kawula,dhuh Allah ingkang mahasetya, Padukabadhé ngluwari kawula.6 (31-7) Paduka sengit dhateng tiyangingkang sami nyembah brahala, ingkangmboten wonten damelipun menika,nanging kawula pitados dhateng Allah.7 (31-8) Kawula badhé bingah lan giyak-giyak, margi saking sih-kasetyan Paduka,sebab Paduka pirsa kasangsaran kawulalan menggalih dhateng karibedaningmanah kawula.8 (31-9) Paduka mboten ngulungakenkawula dhateng tanganipun mengsah,nanging badhé ngekahaken suku kawula,temah kawula merdika mlampah ingsapikajeng kawula.

Page 62: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 31.9–14 619 (31-10) Dhuh Allah, mugi melasidhateng kawula, awit manah kawularupek, mripat kawula mbrebes mili,nyawa lan badan kawula lemes déningprihatos.10 (31-11) Gesang kawula ngenesdéning kasisahan saha umur kawulatelas déning pangesah, kekiyatan kawulasaya suda mergi saking kasangsaran,lan balung kawula dados pepes.11 (31-12) Kawula dipun siya-siyadéning satru kawula, tangga-tepalihkawula sami giris, tiyang ingkang wanuhdhateng kawula sami éwa; menawisumerep kawula sami mlajeng nyingkirikawula.12 (31-13) Kawula sami dipunsupèkaken presasat tiyang ingkangsampun pejah, inggih presasat prabotingkang sampun mboten kanggé.13 (31-14) Kawula mireng tiyang kathahsami bisik-bisik, bilih kawula kinepangdéning pagiris. Tiyang sami sarembagnglawan kawula, badhé njabel nyawakawula.14 (31-15) Éwasemanten kawula pitadosdhateng Paduka, dhuh Allah, awit Padukamenika Allah kawula.

Page 63: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 31.15–20 6215 (31-16) Begja-tiwas kawula wontening asta Paduka, Paduka mugi ngluwarikawula saking tanganipun satru, ingkangngoyak-oyak kawula.16 (31-17) Mirsanana abdi Padukakalayan sih-kadarman, mugi kersamilujengaken awit saking sih-piwelasPaduka.17 (31-18) Dhuh Allah, kawula mugisampun ngantos kwirangan, margikawula sesambat dhateng Paduka.Tiyang jahat kadamela wirang,kajengipun pejah lan mingkemcangkemipun.18 (31-19) Sakathahing lambé ingkanggoroh dadosa bisu, awit ngungel-ungelaken tiyang jujur mawi piangkuhlan panyenyamah.19 (31-20) Iba agenging kesaénaningkang Paduka cawisaken, dhatengtiyang ingkang sami ngabekti dhatengPaduka, lan ingkang Paduka luntakakendhateng tiyang ingkang samingungsi dhateng Paduka, wontening ngajenganing para manungsa.20 (31-21) Tiyang-tiyang wau samiPaduka ayomi wonten ing ngarsa Padukasaking pangrancangipun tiyang awon.

Page 64: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 31.21–32.2 63

Paduka umpetaken ing panggènaningkang kalis ing tukar-paben.21 (31-22) Pinujia Allah, awit sakasih-kasetyané, kang dilairaké marangaku wujud kaélokan, ing wektu akuketaman kasusahan.22 (31-23) Salebetipun gugup mergikagèt, kawula nggagas bilih kawulasampun katundhung saking ngarsaPaduka. Nanging nyatanipun Padukamiyarsakaken atur kawula, nalika kawulasesambat dhateng paduka.23 (31-24) Hé sakèhé para kekasihéPangéran, padha tresnaa marang Allah.Allah iku ngayomi marang wong singsetya, nanging wong angkuh diwales.24 (31-25) Hé sakèhing wong kangprecaya marang Allah, padha disentosalan ditatag atimu.

321Kidung isi piwulang anggitanéDawud. Begja wong sing

diapura kaluputané, kang dosanékaaling-alingan.2Begja wong sing ora diwajibaké déningAllah nyangga paukumané kaluputané,lan ora dhemen ngapusi.

Page 65: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 32.3–8 643Menawi kawula mboten ngakeni dosakawula, manah kawula sumpek lansemplah, mila sesambat sedinten muput.4Margi rinten dalu kawula Padukagebagi kalayan nemen, ngantoskekiyatan kawula telas, kados lumutingkang garing déning bentèring mangsaketiga.5Dosa kawula lajeng kawula akeni ingngarsa Paduka, lan kalepatan kawulamboten kawula aling-alingi, panyuwunkawula, "Dakngakoni panerakku anaing ngarsané Allah." Paduka lajengngapunten piawon kawula.6Mila sakathahing tiyang mursid samindedonga dhateng Paduka, supadossamasa sami katempuh ing karibedanlan keleban ing kasisahan mboten badhésami ngraosaken.7Paduka menika pangungsèn kawula,Paduka badhé nebihaken kawula sakingkaribedan; kawula badhé memuji kanthisora, ngidungaken pangluwaran sakingPaduka.8Allah ngandika, "Aku arep memulangmarang kowé, Daktuduhi dalan kangwajib kokambah. Kowé bakal Dakparingi

Page 66: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 32.9–33.5 65

pamrayoga; mripat-Ku bakal ngawasakékowé.9Mbok aja kaya jaran utawa bihal, kangora duwé budi, sing prelu dikendhalèniyèn arep dicedhakaké kowé."10Wong ala nandhang sangsara akèh,nanging wong kang precaya marangAllah diayomi déning sih-kasetyané.11Mulané hé para wong mursid, padhabungaha krana pakaryané Allah. Hésakèhing wong kang jujur atiné, padhangidunga kalawan bungah.

331Hé wong mursid, padha surak-suraka krana Allah! Wong jujur

atiné patut menawa memuji.2Padha saosa puji marang Allahnganggo clempung, kidungna pujinénganggo slukat kawat sepuluh.3Saosa kidung pamuji anyar; singapik anggonmu nindakaké, dibarenganaswara kang sora.4Sebab pangandikané Allah iku nyata,sarta sakèhé pendamelé adhedhasarkasetyan.5Panjenengané remen marangkabeneran lan prenatan; kasetyanétinemu wrata ing salumahing bumi.

Page 67: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 33.6–14 666Sakèhing langit katitahaké déningsabdané Allah, srengéngé, rembulan lanlintang-lintang déning Rohing lésané.7Segara-segara diklumpukaké dadi siji,telenging samodra didadèkaké kamarsimpenan.8Salumahé bumi padha wedia marangAllah, wong saisiné jagad padhagemetera ana ing ngarsané.9Sebab Panjenengané ngandika, kabèhbanjur dumadi. Panjenengané dhawuh,kabèh banjur ana.10Allah murungaké rancanganébangsa-bangsa; rancangané para umatdibuyaraké.11Nanging rancangané Allah tetep ingselawasé, apa sing dikersakaké, lestariturun-temurun.12Begja bangsa sing nganggepPanjenengané dadi Allahé, bangsasing dipilih Panjenengané dadi umatkagungané.13Allah mirsani saka swarga, mirsaniumat, manungsa kabèh.14Saka pedalemané mirsani marangsakèhé wong saisiné bumi.

Page 68: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 33.15–34.1 6715Panjenengané kang yasa atinémanungsa, sarta mirsani apasapenggawéné kabèh.16Raja enggoné menang perangé oramerga akèh tentarané, lan prejuritmenang ora merga kekuwatané.17 Jaran, mokal yèn marakaké menang,sarta sepira gedhéning karosané orangolèhaké pangluwaran.18Tingalé Allah ngawasaké wong singmbangun-turut marang Panjenengané,sing padha ngarep-arep marangsih-kasetyané.19Wong mau padha diuwalaké saka ingpati, sarta padha diuripi ing mangsanépaceklik.20Kita padha nganti-anti marang Allah,Panjenengané kuwi pitulungan kita lantetamèng kita!21Ati kita padha bungah krana sakaPanjenengané, kita padha precayamarang asmané kang suci.22Dhuh Allah, sih-kadarman Padukamugi nunggila kaliyan kawula, awitkawula ngantos-antos Paduka.

341Anggitané Dawud sawisé éthok-éthok dadi wong édan ana ing

ngarsané Abimèlèh, mula ditundhung,

Page 69: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 34.2–9 68

banjur lunga. (34-2) Aku arep saos sokurmarang Allah ing selawasé, cangkemkutansah bakal ngucapaké pujiné.2 (34-3) Aku arep ngluhuraké apasing wis katindakaké déning Allah,supaya wong kesrakat padha krungu lanbungah!3 (34-4) Ayo bebarengan karo akungluhuraké Allah, ayo kita bebarenganpadha ngluhuraké asmané.4 (34-5) Nalika aku nyenyuwun marangAllah, banjur diparingi wangsulan, lankauwalaké saka sebarang sing gawéwediku.5 (34-6) Panjenengané delengen,supaya ulatmu dadi bingar, lan kowébakal ora kwirangan.6 (34-7) Allah miyarsakaké pesambatéwong sing dianiaya, wong mau diuwalakésaka sakèhé karubedané.7 (34-8) Malaékaté Allah ngreksa wongkang ngabekti marang Allah, sarta padhadipitulungi.8 (34-9) Nyatakna dhéwé sepirakabecikané Allah mau! Begja wong kangngungsi marang Panjenengané!9 (34-10) Hé para wong sing dipilihdéning Allah, padha mbangun-turuta

Page 70: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 34.10–17 69

marang Panjenengané, sebab wong kuwiuripé bakal ora ngalami kekurangan.10 (34-11) Singa enom bisa kaliren,nanging wong kang ngabekti marangAllah bakal kecukupan samubarang beciksing dibutuhaké.11 (34-12) Hé bocah-bocah, padhangrungokna, kowé arep dakwulang babpangabekti marang Allah!12 (34-13) Apa kowé kepénginngrasakaké urip kepénak, lan ngalamiumur dawa kebak kabegjan?13 (34-14) Ilatmu candheten, ajakewetu sing ala, lan lambému ajangucapaké goroh.14 (34-15) Ngedohana piala, nglakonanakabecikan, ngangkaha rerukunan,persudinen supaya olèh.15 (34-16) Tingalé Allah katujokakémarang wong mursid, sarta talinganénilingaké pesambaté.16 (34-17) Panjenengané nglawan wongsing penggawéné ala, sarta wong maudisingkiraké saka bumi.17 (34-18) Samasa wong mursid padhasesambat, Allah nuli miyarsakaké,sarta padha diuwalaké saka sakèhékarubedané.

Page 71: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 34.18–35.3 7018 (34-19) Allah cedhak karo wong singatiné semplah, sarta mitulungi wongsing entèk pengarep-arepé.19 (34-20) Wong mursid akèhkaribedané, nanging Allah ngluwari sakasekabèhé.20 (34-21) Allah ngreksa wong maukanthi sampurna, nganti balungé oraana sing putung siji-sijia.21 (34-22) Wong jahat mesthi dipatènidéning pialané dhéwé, sarta sing sapasengit marang wong mursid mesthinampa paukuman.22 (34-23) Allah mitulungi marangumat kagungané, sapa sing ngupayapangayomané bakal direksa.

351Anggitané Dawud. Dhuh Allah,Paduka mugi nglawan dhateng

tiyang ingkang nglawan kawula. Mugimerangi tiyang ingkang merangi kawula.2Tuwan mugi ngasta tamèng landedamel, mugi jumeneng mitulungikawula.3Mugi kersa ngedalaken tumbaklan kampak, nglawan tiyang-tiyangingkang sami ngoyak kawula. Mugi kersangandika dhateng kawula, "Aku kangmitulungi kowé!"

Page 72: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 35.4–10 714Tiyang ingkang ngangkah pejahkawula sami kakawonna lan kawirangna.Mugi tiyang-tiyang ingkang badhé damelcilaka kawula sami mundur lan kadamelabingung.5Sami dadosa kados mrambut ingkangkabur ing angin, samasa kagebag déningMalaékating Pangéran.6Marginipun kadamela peteng lan lunyusamasa dipun oyak déning MalaékatingPangéran.7Awit tanpa sebab kawula dipunpasangi kala-jiret, tanpa sebab kawuladipun pasangi jeglongan.8Mugi sami manggiha cilaka tanpakenyana-nyana, lan kala ingkang dipunpasang njireta piyambakipun piyambak,ngantos sami badhé dhawah lan sirna!9Nanging menggah kawula, kawulabadhé surak-surak krana Allah, lanbadhé bingah-bingah awit Pangéransampun mitulungi kawula.10Kalawan trusing manah, kawulabadhé munjuk dhateng Pangéran,"Èstu mboten wonten ingkang nyamèniPaduka. Paduka ngayomi tiyang apessaking panindhesipun tiyang sanès, saha

Page 73: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 35.11–16 72

nulungi tiyang kesrakat saking ingkangmblèjèdi."11Wonten seksi goroh sami majeng,kawula dipun gugat nglampahi piawoningkang mboten kawula sumerepi.12Kesaénan kawula dipun wales mawipiawon; ngantos kawula semplah tanpadaya.13Nalika piyambakipun sami sakit,kawula tumut prihatos; kawula lampahisiyam lan kawula dongakaken,14awit kawula anggep mitra utawisedhèrèk piyambak, mekaten enggènkawula nglabeti. Inggih kados tiyangingkang sesambat, samasa katilar pejahdéning embokipun; enggèn kawulamlampah kalayan tumungkul kadostiyang ingkang nandhang sisah.15Nanging menawi kawula kesandhunglan dhawah, tiyang-tiyang menika samibingah lan sami ngrubung kawula,sarta sami ngroyok kawula. Tiyangingkang mboten wanuh dhateng kawula,mboten kèndel-kèndel enggènipun samingawon-awon kawula.16Kados tiyang awon ingkang gregeten,mboten kèndel-kèndel enggènipunmoyoki kawula.

Page 74: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 35.17–22 7317Dhuh Pangéran, ngantos mbénjingmenapa enggèn Paduka namung mirsanikémawon? Nyawa kawula mugi Padukaluwari saking seranganipun tiyang-tiyangambek siya menika.18Kawula lajeng badhé nyaosaken pujisokur dhateng Paduka ing tengahipunpasamuwan ageng, ing tengahipuntiyang kathah kawula badhé memujidhateng asma Paduka!19Tiyang-tiyang ingkang sami nyatronikawula tanpa sebab, sampun ngantossami bingah-bingah ing ngatasipunkawula, tiyang-tiyang ingkang samisengit dhateng kawula tanpa sebab,sampun ngantos sami nyuraki kawula.20Sebab sanès pirukun ingkang samidipun rembag, nanging malah samingrancang njlomprongaken tiyang-tiyang ingkang kepéngin gesang kalayantentrem.21Ujaripun dhateng kawula kalayanbengak-bengok, "Sokur, sokur, aku wisweruh dhéwé!"22Dhuh Allah, Paduka sampun pirsa,mugi sampun kèndel kémawon. DhuhPangéran, mugi sampun nebih sakingkawula.

Page 75: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 35.23–27 7423Mugi kersa jumeneng, mbélanikawula, inggih, mugi kersa mbélananaprekawis kawula, dhuh Pangéran, Allahkawula.24Mugi kersa ngadili prekawis kawulamiturut keadilan Paduka, dhuh Pangéran,Allah kawula, supados tiyang-tiyangmenika mboten sami bingah-bingah ingngatasipun kawula.25Sampun ngantos sami mbatos,"Kabeneran, kuwi sing dakkarepaké!"Utawi sami mungel, "Wong kuwi wisdaktumpes!"26Tiyang-tiyang menika sami kadamelakwirangan, lan tiyang-tiyang ingkangbingah ing ngatasipun kasisahan kawula,sami kadamela kisinan. Sami kasoransarta bingunga, tiyang-tiyang ingkangnganggep badanipun piyambak langkungutami tinimbang kawula!27Tiyang ingkang bingah menawikawula kaleresaken, menika samibingah-bingaha, sarta wicantenmekaten, "Pangéran iku Mahaluhur,Panjenengané ngersakaké keslametanéabdiné!"

Page 76: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 35.28–36.7 7528 Ilat kawula badhé nyariyosakenkeadilan Paduka, sarta mboten kèndel-kèndel memuji dhateng Pangéran!

361Anggitané Dawud, abdiné Allah,kanggo pemimpin penyanyi.

(36-2) Sajroning atiné wong duraka anagagasan ala, wong mau nampik Allah lanora wedi karo Panjenengané.2 (36-3) Wong mau nganggep awakédhéwé sing utama, rumangsané Allahora pirsa dosané, lan ora ngukum dosamau.3 (36-4) Tembungé kebak piala langoroh, ora duwé budi lan ora nglakonikabecikan.4 (36-5) Ana ing peturoné ngrancanggawé rusak, sing dilakoni mung pialawaé, ora ana piala sing ditampik.5 (36-6) Dhuh Allah, sih Paduka sundhuling langit, kasetyan Paduka sundhul ingméga.6 (36-7) Kaleresan Paduka menikainggilipun kados redi, keadilan Padukakados samodra. Manungsa lan kéwanPaduka ingkang ngrimati, dhuh Allah.7 (36-8) Iba éndahipun sih-kasetyanPaduka, dhuh Allah. Para manungsa

Page 77: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 36.8–37.2 76

sami ngungsi wonten ing sangandhapingswiwi Paduka.8 (36-9) Sami nedha tuwuk sakingtetedhan ingkang Paduka cawisakenkalayan lubèr. Paduka paringi ngombésaking lèpèning kasaénan Paduka.9 (36-10) Paduka menika etukingsawernining gesang, lan margi sakingpepadhang Paduka, kawula sumereppepadhang.10 (36-11) Sih-kasetyan Paduka mugilestantun kalubèraken dhateng tiyang-tiyang ingkang sami pitados dhatengPaduka. sarta keadilan Paduka dhatengtiyang ingkang manahipun temen.11 (36-12) Kawula sampun ngantoskaidak-idak déning sukunipun tiyangangkuh, utawi sampun ngantoskacepeng ing tanganipun tiyang awon.12 (36-13) Lah, para tiyang duraka samidhawah, sami gemléthak lan mbotensaged tangi malih.

371Anggitané Dawud. Aja wedi karowong sing gawé piala. Aja mèri

karo wong sing tumindak ora jujur.2Sebab wong sing mengkono bakalénggal lesah kaya suket, utawa alumkaya thethukulan ijo.

Page 78: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 37.3–11 773Precayaa marang Allah lan nglakonanakabecikan, tetepa manggonmu anaing bumi kéné, sarta nglakonanakatemenan.4Kabegjanmu ana ing Allah, dadi kowémesthi diparingi sakekarepaning atimu.5Uripmu pasrahna marang Allah, lankumandela marang Panjenengané!Panjenengané mesthi bakal mitulungikowé.6Panjenengané bakal ngetingalakékabeneranmu kaya pepadhang kayapadhangé srengéngé ing wayah awan.7Diayem atimu lan disabar ngentèniPanjenengané tumindak; aja mèri karowong sing uripé kepénak, utawa wongsing nglakoni piala.8Aja seneng nepsu, aja panas-atèn,sebab kuwi mung nuwuhaké piala.9Sebab wong sing gawé piala bakaldisirnakaké, nanging wong sing precayamarang Allah bakal olèh warisan bumi.10Ora suwé menèh wong duraka bakalsirna, yèn kokgolèki tilas panggonané,bakal ora ketemu.11Nanging wong kang andhap-asorbakal olèh warisan bumi, uripé bungah

Page 79: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 37.12–19 78

merga ngalami tentrem-rahayu kanglubèr.12Wong ala ngenam-enam piala tumrapwong mursid, sengité ngigit-igit.13Nanging wong mau digegujengdéning Allah, merga Panjenengané pirsayèn dinané wong mau wis cepak.14Wong duraka padha ngunuspedhangé lan menthang gendhéwanékanggo ngrubuhaké wong kesrakat lanwong mlarat, sarta kanggo matèni wongsing uripé jujur.15Nanging pedhangé mau bakal nuwekawaké dhéwé, lan gendhéwané bakaldiputung.16Barang sethithik sing didarbèki wongmursid kuwi luwih becik ketimbang karokalubèrané wong ala.17Sebab Allah bakal mundhutkekuwatané wong jahat, nanging wongmursid digawé rosa déning Allah.18Allah mirsani penggawé becik singsaben dina dilakoni wong mursid,lan tanahé bakal dadi darbèké ingselawas-lawasé.19Samasa katempuh ing bilai bakalpadha ora kwirangan, lan ing mangsapaceklik bakal mangan wareg.

Page 80: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 37.20–28 7920Satemené wong duraka bakal sirna;satruné Allah iku paribasané suket ingara-ara; bakal entèk sirna, kaya kukus,sing kabur ing angin.21Wong ala seneng utang, nanging oranyaur, nanging wong mursid dhemenmelasi lan wèwèh.22Satemené wong sing diberkahi Allahkuwi olèh warisan bumi, nanging wongsing kena paukumané bakal ditumpes.23Wong sing uripé gawé renaningpenggalihé Allah lakuné dituntun déningAllah.24Yèn wong mau tiba, ora ngantigemléthak, sebab tangané digandhèngdéning Allah.25Wiwit aku isih nom, nganti tekan wistuwa iki, aku durung tau weruh wongmursid ditégakaké, utawa anak-putunégolèk pangan karo ngemis.26Malah tansah andum piwelas lanmotang-motangaké, sarta anak-putunédadi sranané wong liya binerkahan.27Ngedohana piala lan nglakonanakabecikan, supaya anak-putumu padhalestari pamanggoné ing tanahé.28Sebab Allah rena marang prekarasing bener, lan ora négakaké marang

Page 81: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 37.29–35 80

wong sing dikasihi. Malah selawasépadha direksa, nanging anak-putunéwong duraka bakal disirnakaké.29Para wong mursid bakal padhanampa warisan, lan selawasé manggoning tanahé.30Tembungé wong mursid kebakkawicaksanan, lan ilaté ngucapakékabeneran.31Dhawuh-dhawuhé Allahé ana ingbatiné, lakuné ora tau mlèsèt.32Wong ala ndingkik marang wongmursid lan ngarah patiné.33Nanging Allah ora nglilani wongmursid tiba ing tangané wong ala mau.Panjenengané ora négakaké wongmursid ana ing pengadilan ditetepakédadi wong duraka.34Padha nganti-antia marang Allah,sarta dalan sing ditetepaké kuwiantepana, dadi kowé bakal diurmatidéning Pangéran lan kaparingan bumising kokenggoni.35Aku weruh ana wong duraka singprakosa lan angkuh, sing uripé branggahkaya wit èrès ing Libanon.

Page 82: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 37.36–38.2 8136Bareng aku liwat ing kono, wong mauwis ora ana, senajan dakgolèki, meksaora ketemu.37Wong mursid titènana, lan wongtumemen awasna, awit wong singdhemen marang pirukun bakal lestari.38Nanging wong duraka bakal padhaditumpes kabèh, lan anak-putuné bakaldisirnakaké.39Allah dadi etuking karahayonéwong mursid. Panjenengané iku papanpangungsèné ing mangsa karibedan.40Allah bakal mitulungi lan ngluwari;lan padha diuwalaké saka tangané wongala, dipitulungi, merga padha ngungsimarang Panjenengané.

381Masmur anggitané Dawud nalikanyaosaké kurban minangka

pèngetan. (38-2) Dhuh Allah, kawulamugi sampun ngantos Paduka ukumkarana duka, lan sampun ngantosPaduka gebagi margi saking bentèringpenggalih Paduka.2 (38-3) Déné jemparing Padukasampun natoni badan kawula ngantostembus, badan kawula sampun bosokawit saking dosa kawula.

Page 83: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 38.3–9 823 (38-4) Margi saking paukuman Padukabadan kawula sekojur mboten wonteningkang saras, balung kawula mbotenwonten ingkang wetah margi sakingdosa kawula.4 (38-5) Piawon kawula sampunnempuh kawula, mlenet dhateng kawulakados momotan ingkang kawratenkanggénipun kawula.5 (38-6) Korèng-korèng kawula bosokmila mambet, margi saking keblingerkawula.6 (38-7) Saben dinten kawula nandhangsisah, lampah kawula mbungkuk kalayantemungkul.7 (38-8) Margi bangkèkan kawula abuhsedaya, daging kawula mboten wonteningkang wetah.8 (38-9) Kawula ketelasen dayakekiyatan lan ajur mumur; kawulasemplah sarta manah kawula trataban.9 (38-10) Dhuh Allah, Padukapirsa menapa ingkang kawulakajengaken sedaya, mekaten ugiingkang ngawrataken manah kawulainggih mboten kaling-kalingan wontening ngarsa Paduka.

Page 84: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 38.10–16 8310 (38-11) Manah kawula trataban,kekiyatan kawula telas, dalah cahyaningmripat kawula ical.11 (38-12) Mitra lan kanca-kancakawula sami nebih margi sesakit kawula,sanak sedhèrèk kawula sami nyingkirikawula.12 (38-13) Tiyang-tiyang ingkangkepéngin mejahi kawula, sami masangkala-jiret, ingkang ngangkah cilakakawula, sami rembagan badhé ngrisakkawula, saha tansah sami ngrancangmasang kala-jiret.13 (38-14) Nanging kawula menikakados tiyang budheg, ingkang mbotenmireng, kados tiyang bisu ingkangmboten saged gineman.14 (38-15) Inggih kados tiyang ingkangmboten mireng lan mboten sagedmangsuli.15 (38-16) Sebab namung Paduka,dhuh Allah, ingkang kawula ajeng-ajeng.Paduka ingkang badhé paring wangsulan,dhuh Pangéran, Allah kawula.16 (38-17) Mila atur kawula, "Tiyang-tiyang menika mugi sampun ngantossami bingah ing ngatasipun kawula;

Page 85: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 38.17–39.1 84

sampun ngantos sami umuk samasasuku kawula nggloyor!"17 (38-18) Sebab kawula sampun badhédhawah, lan sesakit kawula mbotenmantun-mantun.18 (38-19) Inggih, kawula ngakenikalepatan kawula, ngantos semplahngraosaken dosa kawula.19 (38-20) Cacahipun satru kawulakathah sanget, mboten sekedhik tiyangingkang sami sengit dhateng kawulatanpa sebab.20 (38-21) Kesaénan kawula dipunwales srana piawon, enggènipun nyatrukawula margi kawula ngudi dhatengkesaénan.21 (38-22) Dhuh Pangéran, Allahkawula, mugi sampun négakakenkawula, mugi sampun nebihi kawula!22 (38-23) Dhuh Allah, mugi kersaénggal mitulungi kawula. DhuhPangéran, Juru Wilujeng kawula.

391Kanggo pemimpin penyanyi.Masmur anggitané Dawud.

Kanggo Yedhutun. (39-2) Aku wisngucap mengkéné, "Pengarep-arepku,supaya aku ora gawé dosa srana ilatku.

Page 86: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 39.2–7 85

Cangkemku arep dakbrangus, sajronéisih ana wong ala ana ing ngarepku."2 (39-3) Aku nuli bungkem lan meneng,dalah sing becik dakenengaké waé;nanging sangsaraku malah saya banget.3 (39-4) Atiku saya kebak rasasumelang. Saya akèh enggonku mikir,saya mundhak akèh karibedanku; akuora betah, banjur munjuk mengkéné,4 (39-5) "Dhuh Allah, taksih pintendangunipun gesang kawula? Mbénjingmenapa kawula badhé kapundhut?Supados kawula mangertos cekakinggesang kawula.5 (39-6) Èstu, umur kawula sampunPaduka tetepaken namung sakilan,kagem Paduka gesang kawula namungsaklébatan. Inggih, saben tiyang menikapresasat namung abab kémawon.6 (39-7) Kesinggihan, gesangipunmanungsa namung kados ayang-ayangan ingkang langkung. Namungsami usrek rebatan prekawis ingkangtanpa gina, sami nenandho, nangingmboten sumerep sinten ingkangmangkénipun badhé ndarbèni.7 (39-8) Lah, samenika menapa malihingkang kawula antos-antos, dhuh Allah?

Page 87: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 39.8–12 86

Kawula namung ngajeng-ajeng dhatengPaduka piyambak!8 (39-9) Paduka mugi ngluwari kawulasaking panerak kawula sedaya, kawulasampun ngantos dados poyokanipuntiyang gemblung.9 (39-10) Kawula mèndel mbotenkumecap, sebab Paduka piyambakingkang ndhatengaken kasangsarankawula menika.10 (39-11) Kawula mugi sampun Padukagebag malih! Awit kawula mèh pejahmargi panggebaging asta Paduka.11 (39-12) Paduka melèhaken tiyangsrana panyiksa margi piawonipun.Sedaya kaéndahanipun kalebur, kadosdéné katedha ing renget, saèstunipunsaben tiyang menika namung presasatabab kémawon.12 (39-13) Dhuh Allah, mugimiyarsakaken pandonga kawula,mugi nilingaken dhateng pesambatkawula, sampun kèndel kémawonmirsani luh kawula! Awit kawula menikatiyang neneka kados para leluhurkawula, ingkang mertamu sawetawiswekdal dhateng Paduka.

Page 88: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 39.13–40.5 8713 (39-14) Mugi kersa mindhahpaningal Paduka saking kawula, temahkawula badhé bingah, saha saged lejarsadèrèngipun tilar-donya, lajeng sirna!"

401Masmur anggitané Dawudkanggo pemimpin penyanyi.

(40-2) Banget enggonku nganti-antimarang Allah, Allah iya mirsani aku lanmiyarsakaké pesambatku.2 (40-3) Panjenengané ngentas akusaka sumberé cilaka, saka blethokanérawa. Panjenengané mapanaké aku anaing gunung watu, lan jangkahku daditeteg.3 (40-4) Aku diwarahi ngidung nganggonyanyian anyar, kanggo memuji Allahkita. Akèh wong sing padha weruh, mulapadha wedi, banjur precaya marangAllah.4 (40-5) Begja wong sing precayamarang Allah, kang ora ngandel marangbrahala. Utawa mèlu-mèlu wong-wongsing nyembah déwa-déwa, ora nggugukandhané wong umuk.5 (40-6) Dhuh Pangéran, Allah kawula,kathah kaélokan ingkang sampunPaduka tindakaken kanggé kawula,mboten wonten ingkang nyamèni

Page 89: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 40.6–10 88

kesaénan Paduka. Saupami badhékawula cariyosaken, mesthi mbotenkénging kaétang saking kathahipun.6 (40-7) Paduka mboten remen kurbansembelèhan kaliyan kurban dhaharan.Paduka mboten mundhut kurbanobongan tuwin kurban pangruwatingdosa, nanging Paduka mbikak kupingkawula, ngantos kawula mirengpangandika Paduka.7 (40-8) Pramila kawula munjuk, "Lahmenika kawula sowan, ing gulunganipunKitab sampun wonten seratanipun babkawula:8 (40-9) Kawula remen nglampahikersa Paduka, dhuh Allah, sarta dhawuhPaduka menika wonten ing manahkawula."9 (40-10) Pawartos ingkangmbingahaken bab pitulungan Padukadhateng kawula sedaya, kawulacariyosaken dhateng pasamuwanipuntiyang kathah. Paduka pirsa bilih kawulabadhé tansah martosaken bab menika!10 (40-11) Kawilujengan peparingPaduka menika mboten kawula sidhemkanggé kawula piyambak, kasetyan lansih-pitulungan Paduka, sih-kadarman

Page 90: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 40.11–15 89

lan kaleresan Paduka mboten kawulakèndelaken, nanging kawula lairakenwonten ing satengahing pasamuwanageng.11 (40-12) Dhuh Allah, mugi sampunngantos mundhut wangsul sih-rahmatPaduka saking kawula, sih lan kaleresanPaduka mugi tansah ngreksa kawula!12 (40-13) Awit sangsara tanpa wicalansampun ngepang kawula; mripat kawulasampun katutupan déning dosa-dosakawula, ngantos kawula mboten sagedningali, cacahipun langkung kathahtinimbang rambut ingkang wonten ingsirah kawula, manah kawula ngantossemplah.13 (40-14) Dhuh Allah, mugi Padukakersa ngluwari kawula; dhuh Allah, mugitumunten mitulungi kawula!14 (40-15) Tiyang ingkang samingangkah pejah kawula mugi samikwirangan lan kisinan; sami munduralan sumingkira tiyang-tiyang ingkangremen damel cilaka kawula.15 (40-16) Tiyang ingkang saminyukuraken dhateng kawula samikabungkem cangkemipun.

Page 91: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 40.16–41.4 9016 (40-17) Tiyang ingkang sami madosiPaduka mugi sami bingah lan suka-renamargi Paduka; ingkang sami remendhateng kawilujengan peparing Padukamugi mungela, "Allah Mahaagung!"17 (40-18) Senajan kawula kesrakatlan mlarat, nanging Paduka menggalihdhateng kawula. Paduka ingkangmitulungi sarta nguwalaken kawula,dhuh Allah, sampun ngantos kasèp!

411Masmur anggitané Dawudkanggo pemimpin penyanyi. (41-

2) Begja wong kang nggematèni wongsing kesrakat! Allah bakal mitulungiwong mau samasa nemu kasangsaran.2 (41-3) Wong kuwi bakal direksa landilestarèkaké uripé, mulané diaranibegja ana ing bumi; Paduka mbotenmarengaken tiyang menika dipunsewenang-wenang déning satrunipun.3 (41-4) Samasa wong mau larabakal dikuwataké déning Allah ana ingpeturoné, sarta dipulihaké nganti warasbabar-pisan.4 (41-5) Mungguh aku, aturkumengkéné, "Dhuh Allah, mugi kawulaPaduka welasi, mugi Paduka sarasaken,

Page 92: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 41.5–11 91

sebab kawula sampun damel dosadhateng Paduka!"5 (41-6) Satru kawula mujèkaken awondhateng kawula, "Mbésuk kapan wongkuwi mati, sarta jenengé ora kocapmenèh?"6 (41-7) Tiyang ingkang tuwi namunglelamisan, kajengipun namungngempalaken pawartos awon, samasamedal lajeng dipun cariyosakensamergi-mergi.7 (41-8) Sedaya tiyang ingkang sengitdhateng kawula, sami ngraosi awonkalayan bisik-bisik, sarta ngenam-enampiawon tumrap kawula.8 (41-9) Pangucapipun, "Wong kuwilarané wis banget, lan ora bakal tangisaka peturoné menèh!"9 (41-10) Dalah mitra ingkang kawulapitados, ingkang tumut nedha sekulkawula, sampun ngungkuraken kawula.10 (41-11) Nanging dhuh Allah,kawula mugi Paduka welasi, sartakersaa mulihaken kesarasan kawula,tiyang-tiyang wau lajeng badhé kawulawales.11 (41-12) Srana mekaten kawulamangertos, bilih Paduka rena dhateng

Page 93: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 41.12–42.4 92

kawula, lan mboten marengaken satrukawula bingah ing ngatasipun kawula.12 (41-13) Tumrap kawula, Padukakepareng ngekahaken kawula, margitindak kawula leres. Paduka ngiyatakenadeg kawula wonten ing ngarsa Padukaing selaminipun.13 (41-14) Pinujia Pangéran, AllahéIsraèl! Langgeng ing selawas-lawasé!Amin! Amin!

421Kidung piwulang anggitanébani Korakh kanggo pemimpin

penyanyi. (42-2) Kados sangsamingkang ngorong dhateng toyaninglèpèn, mekaten pangoronging nyawakawula dhateng Paduka, dhuh Allah.2 (42-3) Nyawaku ngorong marangAllah kang gesang; mbésuk kapanbisaku sowan ing ngarsané?3 (42-4) Aku nangis rina wengi; mungluhku waé sing dadi panganku. Mergasedina muput wong padha ngunèni aku,"Allahmu ana ngendi?"4 (42-5) Atiku sedhih samasa akukèlingan dhèk semana, nalika akubebarengan karo wong akèh, mlaku ingngarep, sowan ing Pedalemané Allah

Page 94: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 42.5–9 93

karo surak-surak lan memuji sokur, ingkraméané dina riaya.5 (42-6) Dhuh nyawaku, yagéné kowésedhih? Yagéné kowé sumelang? Ngarep-arepa marang Allah! Awit Panjenenganébakal dakpuji. Panjenengané kuwiAllahku lan Juru Slametku!6 (42-7) Ana ing tanah pembuwangankéné atiku sedhih, mulané akungangen-angen marang Allah. Padukandhatengaken kasisahan lan sangsaradhateng kawula, kados grojogan ingkangkalayan gemuruh anjog ing LèpènYardèn, saking Gunung Hèrmon lanGunung Mizar.7 (42-8) (42:6)8 (42-9) Ing wayah awan Allahngetingalaké sih-kamirahané, mulaing wayah bengi aku bisa memuji, lannyaosaké pandonga marang Allah kangngreksa uripku.9 (42-10) Unjukku marang Allah,pangungsènku, "Menapa sebabipun dénéPaduka nyupèkaken kawula? Ngantoskawula nandhang sangsara, margisaking panyia-nyianipun satru?"

Page 95: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 42.10–43.4 9410 (42-11) Balung kawula kados dipunremuk déning satru, ingkang wicantensedinten muput, "Allahmu ana ngendi?"11 (42-12) Hé nyawaku, yagéné kowésedhih? Yagéné kowé sumelang? Ngarep-arepa marang Allah! Awit Panjenenganébakal dakpuji. Panjenengané kuwiAllahku lan Juru Slametku.

431Dhuh Allah, Paduka mugi paringadil dhateng kawula, mbélanana

prekawis kawula, ingkang layanankaliyan bangsa ingkang mboten tepangkaliyan Paduka! Kawula kauwalna sakingtiyang-tiyang ingkang seneng goroh lanremen nganiaya.2Sebab Paduka menika Allah,pangungsèn kawula. Kénging menapakawula Paduka kipataken? Kéngingmenapa kawula kedah nandhang sisahlan dipun aniaya déning satru-satrukawula?3Paduka mugi ngintunaken pepadhanglan kaleresan Paduka, supados nuntunlampah kawula dhateng Sion, rediPaduka ingkang suci, inggih dhatengPedaleman Paduka!4Kawula sageda mlebet ingsangajenging mesbèh Paduka,

Page 96: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 43.5–44.3 95

sowan dhateng ngarsanipun Allah,ingkang dados etuking kabingahankawula, supados muji sokur dhatengPaduka kalayan kairing swanteningclempung, dhuh Pangéran, Allah kawula!5Yagéné kowé sedhih, hé nyawaku, lanyagéné atimu sumelang? Ngarep-arepamarang Allah! Sebab aku arep saospuji sokur, marang Allahku lan JuruSlametku!

441Kidung piwulang, anggitanébani Korakh, kanggo pemimpin

penyanyi. (44-2) Dhuh Allah, kawulasampun mireng piyambak saking paraleluhur ingkang nyriyosi kawula, babkaélokan ingkang Paduka tindakaken ingjaman kina, jamanipun para leluhur.2 (44-3) Paduka piyambak nundhungipara bangsa kapir lan mapanaken umatkagungan Paduka wonten ing ngriku,ingkang lajeng dados ngambra-ambra.Bangsa-bangsa kapir Paduka remuk,nanging para leluhur Paduka dadosakentangkar-tumangkar.3 (44-4) Pancèn enggènipun ngrebatnegari menika mboten srana pedhang,inggih mboten mergi kekiyatanipunpiyambak enggènipun sami angsal

Page 97: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 44.4–9 96

kemenangan, nanging mligi mergisaking pangwasa lan kasektèn Padukakémawon, sebab Paduka asih dhatengpara leluhur.4 (44-5) Paduka, inggih namung Padukapiyambak menika Raja kawula lan Allahkawula, ingkang paring kemenangandhateng Yakub.5 (44-6) Mergi saking pitulung Padukakawula sami ngrebahaken mengsah,mergi saking dayaning asma Padukaenggèn kawula ngiles-iles tiyang-tiyangmenika.6 (44-7) Awit sanès gendhéwa kawulaingkang kawula endelaken, sanèspedhang kawula ingkang ndadosakenunggul.7 (44-8) Nanging Paduka piyambakingkang nguwalaken kawula sakingmengsah, sarta ingkang damel wirangdhateng tiyang ingkang sengit dhatengkawula.8 (44-9) Krana Allah, kawulangluhuraken sedinten muput kagemPaduka, kawula sami ngucap sokur ingselaminipun.9 (44-10) Nanging samenika kawulaPaduka kipataken sarta Paduka

Page 98: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 44.10–15 97

wirangaken, sebab Paduka mbotennyarengi lampahipun tentara kawula.10 (44-11) Kawula Paduka damel kawonwonten ing ngajenging mengsah kawula,mila tiyang ingkang nyengiti kawulasami ngrayah kawula.11 (44-12) Kawula sami Padukaulungaken kados déné méndasembelèhan, lajeng Paduka tilar patingslebar ing antawisipun bangsa-bangsa.12 (44-13) Umat Paduka, Paduka sadémirah-mirahan, lan mboten mundhutbebathèn saking pengaosipun.13 (44-14) Kawula sami Padukadadosaken campahanh ing antawisipunpara tangga tepalih kawula. Kawulasami dipun poyoki lan dipun rèmèhakendéning tiyang-tiyang ing sakiwa-tengenkawula.14 (44-15) Kawula Paduka dadosakenpocapanipun para umat, ngantos parabangsa sami ngina kawula kaliyangèdhèg-gèdhèg.15 (44-16) Kanisthan kawula mbotentelas-telas, lan rai kawula ketutupan ingkwirangan,

hcampahan: hinaan (bhs. Ind.).

Page 99: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 44.16–22 9816 (44-17) mergi mireng tembungipuntiyang-tiyang ingkang moyoki lanngawon-awon kawula, sarta ingkangsami sengit dhateng kawula.17 (44-18) Sedaya wau ngebyukdhateng kawula, nanging kawula mbotenkesupèn dhateng Paduka, lan mbotensélak dhateng prejanjian Paduka.18 (44-19) Manah kawula mbotenmbrontak, lan lampah kawula mbotennyimpang saking mergi Paduka.19 (44-20) Senajan Paduka sampunnégakaken kawula, wonten ingantawisipun kéwan galak; sarta nilarkawula ing papan ingkang petengndhedhet.20 (44-21) Saupami kawula sami supéngabekti dhateng Paduka, lan nyembahdhateng allah sanès,21 (44-22) menapa inggih Padukamboten badhé pirsa? Awit Paduka pirsawewadosipun manah kawula.22 (44-23) Krana saking Padukakawula mboten kèndel-kèndel ngalamibebaya pejah, lan dipun anggep méndasembelèhan.

Page 100: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 44.23–45.2 9923 (44-24) Dhuh Allah, mugi kersajumeneng! Kawula sampun ngantoskabucal ing selami-laminipun.24 (44-25) Menapa sebabipun Padukangaling-alingi wedana Paduka, sartamboten ènget dhateng kasangsarankawula?25 (44-26) Kawula sami kabantingwonten ing lebu, badan kawulagemléthak wonten ing siti.26 (44-27) Mugi Paduka jumenengtumandang mitulungi kawula, sartangluwari kawula awit saking sih-piwelasPaduka.

451Kidung piwulang, kidungkatresnan anggitané bani Korakh,

kanggo pemimpin penyanyi. Kayalaguné kidung: Kembang bakung.(45-2) Tembung kang éndah ngresepakémbludag saka ing njeroné atiku,samangsa aku ngarang kekidungankagem Sang Prabu. Kaya piranti nuliséjuru ngarang, iya mengkono ilatku wiscemepak nganggit nyanyian.2 (45-3) Panjenengan menika ingkangbagus piyambak ing antawisipun paramanungsa. Panjenengan menika ahli

Page 101: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 45.3–7 100

wicara, mila binerkahana déning Allahing selaminipun.3 (45-4) Dhuh Sang Prawira, ingkangagung lan mulya, sumangga ngagemageman pedhang panjenengan.4 (45-5) Mugi miyos murih menang,mbélani kaleresan, kamanungsan lankeadilan! Kekiyatan panjenengan badhémikantukaken kamenangan ageng.5 (45-6) Jemparing panjenenganlandhep-landhep, mesthi badhé nunjeming jantungipun mengsah panjenengan.Bangsa-bangsa badhé sumungkem ingngarsa panjenengan.6 (45-7) Dhampar panjenenganmenika kagunganipun Allah, mesthibadhé lestantun ing selaminipun, lanpepréntahan panjenengan menikawujuding keadilan.7 (45-8) Panjenengan remen dhatengkaleresan, pramila mboten remendhateng pendamel awon. Gusti Allah,inggih Allah panjenengan, sampunnetepaken panjenengan mawi lisah,minangka pretandha enggènipunparing kabegjan dhateng panjenengan,ngungkuli raja sanès-sanèsipun.

Page 102: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 45.8–13 1018 (45-9) Ageman panjenengan sedayangganda aruming blendok mur, gaharulan cendhana. Para penyanyi damelbingahing penggalih panjenenganwonten ing kedhaton gadhing, kairingswantening clempung.9 (45-10) Para putrining raja-raja samitumut makempal wonten ing kedhatonpanjenengan, tuwin ing sisih tengenédhampar panjenengan jumeneng SangPramèswari, ngagem ageman sakingemas murni.10 (45-11) Dhuh Sang Putri, kula aturimirsani lan miyarsakaken, mugi sampunngèngeti bangsa lan sanak-sedhèrèkpanjenengan malih.11 (45-12) Supados Sang Prabukesengsem dhateng éndahing sarirapanjenengan, sebab Sang Prabu menikabendara panjenengan; mila sumuyudadhateng panjenenganipun.12 (45-13) Bangsa Tirus badhé sowannyaosaken pisungsung, para tiyangbadhé ngangkah supados pikantuk sihpanjenengan.13 (45-14) Sang Raja Putri ing kedhaton,iba éndahipun, pengagemanipunkasulam benang emas.

Page 103: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 45.14–46.2 10214 (45-15) Panjenengané kasowanakéing ngarsané Sang Prabu, ngagemageman sing disulam mancawarna.Kadhèrèkaké déning para putri mitra-mitrané, kang kacawisaké supaya ngiringpanjenengané.15 (45-16) Kalawan giyak-giyak lankabungahan padha diarak mlebu ingkedhatoné Sang Prabu.16 (45-17) Dhuh Sang Prabu, para putrapanjenengan lajeng badhé nggentosipara leluhur panjenengan, badhé samipanjenengan angkat dados pengagengwonten ing salumahing bumi.17 (45-18) Kawula badhé nyuwurakenasma panjenengan turun-temurun,mila sakathahing para umat badhémemuji dhateng panjenengan ingselami-laminipun.

461Kidung anggitané bani Korakhkanggo pemimpin penyanyi;

laguné kaya kidungé para putri. (46-2)Allah iku pangungsèn lan kekuwatankita, ketitik saka bangeté enggonémitulungi ing mangsa karibedan.2 (46-3) Mulané kita padha ora wedi,senajan bumi gonjing, lan gunung padhajugrug ing dhasaring segara;

Page 104: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 46.3–10 1033 (46-4) senajan ombaké segaragemuruh, gawé horegé gunung-gunung.4 (46-5) Ana kali sing nekakakékabungahan marang kuthané Allah,Pedalemané Kang Mahaluhur.5 (46-6) Allah ana ing kutha kono, mulakutha mau ora bakal tumpes; ngarepakéésuk mesthi wis dipitulungi.6 (46-7) Para umat padha gègèr,kraton-kraton padha moyag-mayig,Allah nekakaké gludhug, nganti buminélebur.7 (46-8) Allah Kang Mahakwasa nunggilkaro kita, Allahé Yakub iku pangungsènkita.8 (46-9) Padha delengen pakaryanéAllah; waspadakna kaélokan singkatindakaké ana ing bumi.9 (46-10) Panjenengané nyireppeprangan ing salumahing bumi,gendhéwa-gendhéwa diputungi, tumbak-tumbak dicoklèki, lan tamèng-tamèngdiobong ing geni.10 (46-11) Dhawuhé, "Menenga, lanpadha weruha yèn Aku iki Allah! Kangluhur dhéwé ing antarané bangsa-bangsaiya luhur dhéwé ana ing bumi."

Page 105: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 46.11–47.7 10411 (46-12) Allah Kang Mahakwasanunggil karo kita, Allahé Yakub kuwipangungsèn kita.

471Masmur anggitané bani Korakh.Kanggo pemimpin penyanyi.

(47-2) Hé para bangsa kabèh, padhakeplok-keploka; Allah luhurna nganggomenyanyi sing sora!2 (47-3) Allah Kang Mahaluhur ikunggegirisi; Panjenengané Raja KangMahaagung, sing ngwasani bumi lansaisiné kabèh.3 (47-4) Para bangsa padha ditelukakémarang kita, nganti padha dadirèh-rèhan kita.4 (47-5) Kita wis padha dipilihakétanah sing kita enggoni, tanah pusakanéYakub, kekasihé.5 (47-6) Allah minggah ing dhamparé,surak kabungahan lan uniné slomprètngiringaké sumengkané.6 (47-7) Padha saosa puji sokur marangAllah, ngidungna kidung pamuji marangRaja kita!7 (47-8) Allah kuwi Rajané jagad;mulané padha saosana puji.

Page 106: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 47.8–48.5 1058 (47-9) Allah ngratoni para umat,Panjenengané pinarak ing dhamparékang suci.9 (47-10) Para penggedhéné bangsa-bangsa kabèh padha nglumpuk, padhadadi umaté Allahé Abraham. Paraprejurit sajagad dadi kagungané Allah,pangwasané ngungkuli pangwasa apawaé.

481Masmur anggitané bani Korakh.(48-2) Allah iku Mahaagung lan

pinuji-puji ana ing kuthané Allah kita,ing gunungé kang suci.2 (48-3) Gunungé Sion kang sucikuwi dhuwur lan éndah lan nekakakékabungahan marang salumahé bumi.Gunung Sion prenahé ing sisih lorékuthané Sang Prabu Kang Mahaagung.3 (48-4) Allah nedahaké yènPanjenengané iku bètèng kangsentosa.4 (48-5) Para raja padha nglumpuk,padha maju bebarengan arep nyerangGunung Sion.5 (48-6) Bareng ningali kutha maupadha gumun, kagèt lan padha mlayumerga bingung.

Page 107: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 48.6–12 1066 (48-7) Ana ing kono padha dadi giris,padha ngrasakaké lara kaya larané wongwadon sing nglarani.7 (48-8) Paduka ngremuki baita-baitasaking Tarsis srana prahara sakingWétan.8 (48-9) Kaya crita sing tau dakrungu,iya kaya mengkono uga kang kitadeleng; ana ing negarané Allah, kangnitahaké langit lan bumi. Ing negaranéAllah kita, Panjenengané sing ngreksakutha mau, langgeng selawasé.9 (48-10) Dhuh Allah, wonten ingPedaleman Paduka kawula samingènget-ènget sih-kasetyan Paduka.10 (48-11) Dhuh Allah, sami kados asmaPaduka, mekaten ugi kesuwur Padukakawentar ing pungkasaning bumi, bilihpangrèh Paduka menika adil!11 (48-12) Tiyang-tiyang ing Sionsami bingaha. Putusan Paduka menikaadil. Tiyang-tiyang ing Yéhuda samibingah-bingaha.12 (48-13) Hé umaté Allah, padhamlakua ngubengi Sion lan ngétungamenarané.

Page 108: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 48.13–49.6 10713 (48-14) Padha sawangen bètèngé,lan tamatna kedhatoné, supaya kowébisa nyritakaké marang anak-putumu,14 (48-15) "Sanyata Allah kuwi Allahkita, langgeng selawasé. Panjenenganébakal ngirid kita saterusé!"

491Masmur anggitané bani Korakhkanggo pemimpin penyanyi.

(49-2) Hé sakèhé para bangsa, padharungokna! Wong salumahé bumi padhanilingna!2 (49-3) Wong cilik lan wong gedhé,wong sugih lan wong miskin, kabèhbebarengan padha ngrungokna!3 (49-4) Aku arep nglairakékawicaksanan, sing dakrasak-rasakakéing atiku, kuwi kawruh sejati.4 (49-5) Aku arep migunakaké bebasan,lan medharaké tegesé karo ngunèkakéclempung.5 (49-6) Aku ora sumelang ing dinakarubedan, samasa dikepung déningpara mungsuhku.6 (49-7) Déning wong-wong singngendelaké kasugihané, sing umukmerga akèhé bandhané.

Page 109: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 49.7–14 1087 (49-8) Wong ora bisa mbébasakéawaké dhéwé, utawa nyaosaké tebusanmarang Allah ijolé nyawané.8 (49-9) Sebab yèn kena ditebus,regané luwih déning dhuwur, nganti orabakal bisa lunas,9 (49-10) supayané wong mau uripselawasé, ora mati-mati.10 (49-11) Saben wong nyipati yènwong wicaksana uga ngalami mati, orabéda karo wong gemblung lan wongbodho padha tumpes, barang-darbèkéditinggalaké marang wong liya.11 (49-12) Kuburé dadi omahé kanggosaterusé, sing dienggoni selawas-lawasé,senajan mauné padha duwé palemahanakèh.12 (49-13) Kaluhurané manungsagedhéa kaya apa, ora bisa nylametakésaka pati; wong mau mesthi ngalamimati, ora béda karo kéwan.13 (49-14) Mengkono kedadéané wongsing ngendelaké marang awaké dhéwé,mengkono patiné wong sing golèkkemareman ana ing kasugihan.14 (49-15) Wekasané bakal ngalamimati kaya wedhus, lan si Pati bakal dadipangoné. Padha mlebu bleng ana ing

Page 110: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 49.15–50.1 109

kubur; dagingé rusak ana ing donyanéwong mati, sing saterusé dadi papanpadunungané.15 (49-16) Nanging Allah bakalngluwari aku, aku bakal diuwalaké sakapangwasané pati.16 (49-17) Aja gumun yèn ana wongdadi sugih, lan brayaté saya tambahmukti.17 (49-18) Sebab samasa mati,bandhané ora digawa menyang kuburan.18 (49-19) Senajan sasuwéné uriprumangsa begja, sarta dialem mergaanggoné olèh gawé,19 (49-20) éwasemono dhèwèké bakalawor karo para leluhuré ana ing jagadéwong mati, sing peteng lelimengan ingselawasé.20 (49-21) Kaluhurané manungsa orabakal bisa nylametaké awaké dhéwésaka ing pati; wong mau bakal mati orabéda karo kéwan!

501Masmur anggitané Asaf.Pangéran, Allah Kang Mahakwasa

ngandika, nimbali wong salumahingbumi saka Wétan tekan Kulon.

Page 111: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 50.2–9 1102Saka Sion, kutha kang sampurnakaéndahané, Allah miyos ngagemkamulyan.3Allah kita miyos, ora mung kèndelwaé; ing ngarsané ana geni kangngalad-alad, lan wingkingé ana praharagedhé.4Panjenengané nimbali langit lan bumidadi seksi, enggoné arep ngadili umaté.5Pangandikané, "Klumpukna mrénéumat kagungan-Ku kang Dakkasihi, singgawé prejanjian karo Aku srana kurbansembelèhan."6Nuli sakèhé langit padha nerangakébab keadilané Allah, merga Allahpiyambak jumeneng Hakim.7 "Hé para umat-Ku, padha ngrungokna,Aku arep ngandika. Hé Israèl, Aku arepngandhakaké marang kowé: Aku ikiAllah, Allahmu!8Ora merga kurbanmu kowéDakwelèhaké, awit kurban obonganmuisih tetep koksaosaké marang Aku.9Éwasemono Aku ora mundhut sapisaka omahmu, utawa wedhus béroksaka kandhangmu.

Page 112: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 50.10–17 11110Awit sakèhé kéwan ing alas kuwikagungan-Ku, semono uga kéwan inggunung sing éwon cacahé.11Aku wanuh karo sakèhé manuk ingawang-awang, lan sing urip ana ingara-ara kuwi dadi rèh-rèhan-Ku.12Saupama Aku kerapani mesthi orasusah awèh weruh marang kowé, sebabdonya lan saisiné iki kagungan-Ku.13Apa Aku dhahar dagingé sapi lanang,utawa ngunjuk getihé wedhus lanang?14Kowé padha saosa sokur minangkakurban marang Allah, lan luwaranapunagimu marang Kang Mahaluhur.15 Ing mangsa karubedan padhanyenyuwuna marang Aku, Aku bakalnguwalaké kowé lan kowé bakalngluhuraké asma-Ku."16Nanging Allah ngandika marangwong ala, "Kokwani-wanimu ngucapakédhawuh-dhawuh-Ku? Apa gunané kowéngrembug prejanjian-Ku?17Mangka kowé gething marangpamelèh-Ku, lan nyingkur marangpangandika-Ku?

ikerapan: tembungipun limrah: keluwèn (luwé).

Page 113: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 50.18–51.1 11218Yèn kowé weruh wong nyolong, kowébanjur kèlu, kowé srawung karo wonglaku jina.19Cangkemmu kokuja ngucapaké piala,lan ilatmu seneng goroh.20Kowé tegel nyatur sedulur-sedulurmu, lan ngala-ala marangwong-wong mau.21Kaya mengkono kuwi penggawému,mangka kowé Dakkèndelaké waé,mulané pandugamu Aku iki padha karokowé. Nanging saiki kowé Dakwelèhaké,lan prekarané Dakblakakaké marangkowé.22Sing mengkono mau lebokna ingatimu, hèh wong kang nyingkur marangAllah, supaya kowé ora Daktumpes, lanora ana sing bakal bisa ngluwari kowé.23Wong sing nyaosaké kurban pamujikuwi ngluhuraké marang Aku. Wong singlakuné jujur bakal Daktedahi dalaningkeslametan peparingé Allah."

511Masmur anggitané Dawud.Kanggo pemimpin penyanyi,

(51-2) sapungkuré Nabi Natan sowanmelèhaké Sang Prabu bab enggonéjina karo Batsyéba. (51-3) Dhuh Allah,kawula mugi Paduka welasi, awit

Page 114: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 51.2–7 113

saking sih-kadarman Paduka. Mugikersa nglebur dosa kawula, awit sakingagenging sih-kadarman Paduka.2 (51-4) Kalepatan kawula sedaya mugiPaduka singkiraken, dosa-dosa kawulamugi Paduka lebur sedaya.3 (51-5) Margi kawula piyambaksampun ngrumaosi ing panerak kawula,lan kawula tansah ngudi ngawonakendosa kawula.4 (51-6) Enggèn kawula damel dosamenika dhumateng Paduka, inggihdhumateng Paduka piyambak; kawulanglampahi ingkang awon ing paningalPaduka. Putusan Paduka menika pancènleres lan paukuman Paduka menika milaadil.5 (51-7) Wiwit lair mila kawula sampunawon; wiwit wonten ing wetenganingbiyung kawula, kawula sampunnandhang dosa.6 (51-8) Saèstu ingkang Padukakersakaken menika katemenan ingkangterus ing batos, lan Paduka paringseserepan dhateng kawula ing salebetingmanah.7 (51-9) Kawula mugi Paduka resikisaking jejembering dosa kawula srana

Page 115: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 51.8–13 114

hisop, mugi Paduka edusi supados dadospethak nglangkungi salju.8 (51-10) Kawula mugi Padukadadosaken bingah suka-rena, supadosbalung ingkang sampun Paduka remukmenika sami saged suka-suka malih.9 (51-11) Paduka mugi ngaling-alingiwedana Paduka, sampun ngantosmirsani dosa kawula; piawon kawulamugi Paduka lebur sedaya.10 (51-12) Dhuh Allah, mugi kersanitahaken manah ingkang suci wontening kawula, saha batos kawula mugiPaduka énggalaken srana kaparinganroh ingkang mantep.11 (51-13) Kawula sampun ngantoskatampik saking ngarsa Paduka, sahaRoh Suci Paduka sampun ngantoskapundhut saking kawula.12 (51-14) Kawula mugi kaparinganakabingahan malih, margi saking sih-pitulung Paduka, sarta kaparingana rohingkang tansah mbangun-turut dhatengdhawuh Paduka.13 (51-15) Temahan kawula badhémulangaken dhawuh Paduka dhatengtiyang ingkang sami lampah nasar,

Page 116: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 51.14–19 115

supados tiyang dosa sami mratobatdhateng Paduka.14 (51-16) Dhuh Allah, mugi kersamitulungi kawula, temah kawula badhéngluhuraken keadilan Paduka.15 (51-17) Dhuh Allah, Paduka mugikersa mbikak lambé kawula, supadoskawula saged ngidungaken asmaPaduka.16 (51-18) Déné Paduka mboten kersanampi kurban sembelèhan; saupamikawula caosi kurban obongan, Padukainggih mboten nampi.17 (51-19) Kurban ingkang katrimah ingAllah menika roh ingkang remuk. Manahingkang ajur mumur, dhuh Allah, menikaPaduka mboten nampik.18 (51-20) Mugi Paduka damel saédhateng Sion, manut ing sakeparengingkersa Paduka. Bètèngipun Yérusalèmmugi Paduka bangun malih.19 (51-21) Tumunten Paduka badhénampèni kalayan renaning penggalihkurban panebusing dosa, saha kurbanobongan lan kurban wetahan. Tiyangbadhé nyaosaken lembu minangkakurban wonten ing mesbèh Paduka.

Page 117: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 52.1–7 116

521Kidung isi piwulang, anggitanéDawud, kanggo marang pemimpin

penyanyi, (52-2) nalika Doèg, wongÉdom teka, ngaturi pirsa marang Saul,yèn Dawud ana ing omahé Akhimèlèkh.(52-3) Hé satriya, yagéné kowékokgemunggung, ngumukaké pialamu,marang wong sing dikasihi Allah tanpawangenan.2 (52-4) Hé wong sing ora jujur.Kowé mung ngenam-enam nindakaképangrusak. Ilatmu presasat pésopanyukuran sing landhep.3 (52-5) Kowé dhemen marang piala,ngluwihi marang kabecikan, kowéseneng ngucapaké goroh ketimbangkaro prekara sing nyata.4 (52-6) Kowé seneng ngucapakétembung pitenah, hé ilat kang cidra!5 (52-7) Nanging kowé bakal orakendhat-kendhat digempur déning Allah,bakal dicekel lan dilarak saka omahmu,lan dibedhol saka donyané wong urip.6 (52-8) Wong mursid bakal padhaweruh, mula gemeter, nuli padhadigeguyu, pangucapé,7 (52-9) "Delengen, mengkonokedadéané wong sing ora precaya

Page 118: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 52.8–53.3 117

marang Allah, lan mung ngendelakékasugihané, sarta marang kekuwatanéngrusak."8 (52-10) Nanging mungguh aku ikibakal ana ing pedalemané Allah, kaya witzaitun sing ngrembuyung seger riyo-riyo.Aku ngendelaké marang sih-kasetyanéAllah sing langgeng selawasé.9 (52-11) Kawula badhé saos pujisokur dhateng Paduka selami-laminipun,tumrap samukawis ingkang Padukatindakaken. Wonten ing tengahipunumat kagungan Paduka kawula badhényariyosaken kesaénan Paduka.

531Kidung isi piwulang, anggitanéDawud kanggo pemimpin

penyanyi, dibarengi swaraning suling.Nganggo lagu: Mahalat. (53-2) Wongtanpa budi kandha ing sajroning atiné,"Allah kuwi ora ana!" Kabèh wis padharusak pikiré, ora ana sing nglakonikabecikan.2 (53-3) Allah mirsani saka swargamarang para manungsa, apa ana singduwé budi lan nggolèki Allah.3 (53-4) Kabèh wis padha nasar, kabèhwis padha nindakaké piala; ora ana singgawé becik, siji waé ora ana.

Page 119: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 53.4–54.1 1184 (53-5) Pangandikané Allah, "Apawong-wong sing padha nglakoni pialakuwi ora duwé pangrasa? Uripé sakangrampogi umat-Ku, lan ora tau padhangunjukaké pandonga marang Aku!"5 (53-6) Lah wong-wong mau bakalpadha ketaman pagiris gedhé, senajanora ana prekara sing nggegirisi.Sebab balungé wong-wong sing padhangepung marang kowé bakal disawurakésaenggon-enggon déning Allah. Wong-wong kuwi bakal kokwirangaké, mergawis padha katampik déning Allah.6 (53-7) Pangentasané Israèl muga-muga teka saka Gunung Sion. Saibabungahé umat Israèl, samasa Allah wismulihaké karahayoné.

541Kidung isi piwulang anggitanéDawud kanggo pemimpin

penyanyi, dibarengi uniné kecapi. (54-2)Nalika wong Zifi sowan marang Saul,ngaturi pirsa yèn, "Dawud ndhelik ingpanggonané wong mau." (54-3) DhuhAllah, mugi mitulungi kawula sranapangwaos Paduka. Mugi paring kaleresandhateng kawula srana kasektèn Paduka.

Page 120: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 54.2–55.1 1192 (54-4) Dhuh Allah, mugi miyarsakakenPandonga kawula, sarta nilingaken aturkawula!3 (54-5) Sebab satru kawula ingkangangkuh sami nglawan kawula; tiyangingkang ambek siya sami ngangkahmejahi kawula, menika tiyang-tiyangingkang mboten maèlu dhateng Allah.4 (54-6) Satemené Allah kang mitulungiaku; Panjenengané kang ngemong aku.5 (54-7) Mungsuhku bakal diwalessrana pialané dhéwé. Mugi sami Padukatumpes, mergi Paduka menika Allahingkang setya.6 (54-8) Kawula lajeng badhé nyaosakenkurban konjuk dhateng Paduka kalayanbingahing manah, sarta memujidhumateng asma Paduka, awit sakingkasaénan Paduka.7 (54-9) Sebab Paduka sampun ngluwarikawula saking sakathahing karibedan,lan mripat kawula sampun ningalimengsah kawula kakawonaken.

551Kidung isi piwulang anggitanéDawud kanggo pemimpin

penyanyi, dibarengi uniné kecapi. (55-2)Dhuh Allah, mugi kersa miyarsakaken

Page 121: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 55.2–9 120

pandonga kawula, sampun nganggepsepen pesambat kawula.2 (55-3) Paduka mugi nilingaken sartaparing wangsulan! Kawula nglembarakaliyan sesambat.3 (55-4) Sebab kawula giris margisaking pangancaming mengsah ingkangambek siya, lan panindhesipun tiyangawon.4 (55-5) Manah kawula trataban,pagirising pejah ndhatengi kawula.5 (55-6) Kawula ajrih lan geter, kabunteling raos miris.6 (55-7) Ngantos kawula mungelmekaten, "Saupama aku duwé swiwikaya manuk dara, aku mesthi maburmenyang panggonan sing tentrem.7 (55-8) Aku mesthi nyingkir adoh lannginep ing ara-ara samun.8 (55-9) Aku bakal énggal golèk papanpangungsèn ngoncati lésus lan prahara."9 (55-10) Dhuh Allah, tiyang-tiyangmenika, mugi Paduka damel bingungpiyambak, rembagipun mugi Padukadamel sulaya, mergi kawula sumerepbilih ing kitha wonten pangrodha-peksalan tukar paben.

Page 122: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 55.10–16 12110 (55-11) Rinten dalu samingawontenaken pejagèn ing bètèngipun,lan ing nglebetipun wonten usrek-usrekan lan panyiksa.11 (55-12) Ing pundi-pundi wontenpangrisak, samergi-mergi wontenpanganiaya lan tembung goroh.12 (55-13) Saupami mengsah ingkangngawon-awon kawula, mesthi kawulasabaraken. Saupami mengsah kawulaingkang nantang dhateng kawula,kawula mesthi taksih saged umpetan.13 (55-14) Nanging sing nglakonimengkono mau kowé sing cedhak karoaku, kancaku lan wong sing dakprecaya.14 (55-15) Iya sing bebarengan karoaku samasa sowan, ing PedalemanéAllah awor karo wong akèh.15 (55-16) Muga-muga padha matisadurungé tekan mangsané, padhadipendhema urip-uripan! Sebab ingomahé lan ing batiné, padha kadununganpiala werna-werna.16 (55-17) Nanging mungguh aku,aku nyenyuwun marang Allah, nuliPanjenengané bakal mitulungi aku.

Page 123: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 55.17–23 12217 (55-18) Wayaha soré, ésuk utawaawan, samasa aku sesambat, Allah bakalmiyarsakaké swaraku.18 (55-19) Allah ngluwari aku, lanaku kaparingan tentrem, dadiné akuora nganti diremuk déning mungsuh,senajan cacahé sing nglawan aku akèhbanget.19 (55-20) Allah sing wiwit jamankuna mula pinarak ing dhamparé,miyarsakaké pesambatku lan ngalahaképara mungsuhku. Sebab padha orakena diarep-arep tobaté, lan padha orangabekti marang Allah.20 (55-21) Kuwi wong sing padhanyidrani mitrané, lan nerak prejanjiné.21 (55-22) Rembugé kepénak ngungkulilunyuné mertéga, nanging atiné arepnyerang. Tembungé alus kaya lenga,nanging kabèh mau satemené pedhangligan.22 (55-23) Apa sing koksumelangaképasrahna marang Allah, kowé bakaldigumatosi! Ora ing selawasé wongmursid ditégakaké gloyoran.23 (55-24) Nanging dhuh Allah,menggah tiyang awon menika badhéPaduka jorogaken dhateng luwenging

Page 124: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 56.1–6 123

karisakan. Tiyang ingkang ngwutahakenrah lan seneng goroh, menika umuripunmboten badhé dumugi sepalih. Nangingmenggah kawula menika pitadosdhateng Paduka!

561Miktam anggitané Dawuding nalikané dicekel déning

wong Filistin ana ing Gat, kanggopara pemimpin penyanyi; laguné kayakidung: Manuk dara ing wit élah kangadoh. (56-2) Dhuh Allah, kawula mugiPaduka welasi, sebab kawula dipunserang déning mengsah.2 (56-3) Sedinten muput kawula dipunoyak-oyak; kathah ingkang nglawankalayan angkuh.3 (56-4) Samasa ajrih, kawula pitadosdhateng Paduka.4 (56-5) Aku precaya marang Allah, akuprecaya marang janjiné. Aku kumandelmarang Allah, mulané ora sumelang;manungsa bisa gawé apa marang aku?5 (56-6) Saben dinten tembung kawuladipun srékal; ingkang dipun angen-angen namung badhé nyilakakakenkawula.6 (56-7) Sami sarembag ingpandhelikan, sami nginjen, sami

Page 125: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 56.7–13 124

ndhedhepi lampah kawula, nedya mejahikawula.7 (56-8) Menapa tiyang-tiyang waubadhé saged oncat, mergi durakanipunkathah? Dhuh Allah, bangsa-bangsamenika mugi Paduka dhawahi paukumankalayan bebendu.8 (56-9) Paduka pirsa sepinten agengingkasangsaran kawula. Paduka sampunnyathet luh kawula. Sedaya wau sampunPaduka serat ing kitab.9 (56-10) Samasa aku sesambat,mungsuhku bakal padha mundur, akuyakin yèn Allah ana ing pihakku.10 (56-11) Aku precaya marangAllah, aku precaya marang janjiné.Aku kumandel marang Allah, mulatakluhuraké.11 (56-12) Aku kumandel marang Allah,mulané aku ora sumelang. Manungsabisa gawé apa marang aku?12 (56-13) Dhuh Allah, punagi kawuladhateng Paduka badhé kawula luwari,sarta kurban sokur badhé kawulacaosaken.13 (56-14) Margi Paduka sampunngluwari kawula saking pejah, malahsuku kawula sampun Paduka reksa.

Page 126: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 57.1–4 125

Mila kawula mboten kesandhung,ngantos kawula saged lumampah ingngarsanipun Allah, ing salebeting gesangngambah mergi ingkang padhang.

571Miktam anggitané Dawud,nalikané ngungsi ana ing guwa

saka ngarsané Saul, kanggo pemimpinpenyanyi. Kaya laguné kidung: Ajangrusak. (57-2) Kawula mugi Padukawelasi, dhuh Allah, kawula mugiPaduka welasi, mergi namung Padukaingkang dados pangungsèning nyawakawula. Kawula badhé ngungsi ingsangandhaping swiwi Paduka, ngantosbebaya menika langkung.2 (57-3) Aku sesambat marang Allah,Kang Mahaluhur, marang Panjenenganésing mesthi ngrampungi prekaraku.3 (57-4) Panjenengané bakal paringwangsulan saka swarga, lan mitulungiaku. Wong-wong sing nguya-uya akubakal ditumpes. Allah bakal nedhakakésih-kadarman lan kasetyané.4 (57-5) Aku nglumpruk ana ingtengahé satru-satruku, sing mèmperkaro singa memangsa. Sing untunékaya tumbak lan panah, lan ilaté kayapedhang landhep.

Page 127: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 57.5–11 1265 (57-6) Dhuh Allah, Paduka mugingetingalaken kaluhuran Paduka ingkangngungkuli sakathahing langit; sahakamulyan Paduka mugi nyrambahanaing salumahing bumi.6 (57-7) Mungsuhku padha masangikala-jiret, nganti atiku semplah. Akudipasangi luwangan, nanging mungsuhkumau dhéwé sing kecemplung.7 (57-8) Dhuh Allah, kawula sampunpitados saèstu; pramila kawula badhémemuji lan nglagokaken masmur.8 (57-9) Hé nyawaku, tangia! Hé slukatlan clempung tangia! Aku arep nggugahbambang-wétan supaya tangi!9 (57-10) Dhuh Pangéran, kawulabadhé saos sokur dhateng Paduka ingtengahing para bangsa. Kawula badhémemuji, wonten ing tengahing paraumat.10 (57-11) Awit sih-kadarman Padukamenika sundhul ing langit, lan keadilanPaduka menika sundhul ing méga.11 (57-12) Paduka mugi ngetingalakenkaluhuran Paduka ingkang ngungkulisakathahing langit, lan kamulyan Padukamugi nyrambahana salumahing bumi.

Page 128: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 58.1–8 127

581Miktam anggitané Dawudkanggo pemimpin penyanyi. Kaya

laguné kidung: Aja ngrusak. (58-2) Hépara pangwasa, apa putusanmu kuwiwis adil temenan? Apa enggonmu ngadilikanthi jujur?2 (58-3) Ora, kowé mung mikirenggonmu arep gawé piala. Kowé mungmikir patrapmu arep ngrampog negara.3 (58-4) Wong ala sajegé urip gawépiala, wong cidra padha nyasar wiwit anaing wetengané biyungé.4 (58-5) Padha nggémbol wisa kayaula; kupingé padha dibumpeti kaya ulabedhudhak sing budheg,5 (58-6) supaya aja nganti krunguswarané wong sing njapani utawaswarané wong sing pinter ngunèkakérapal.6 (58-7) Dhuh Allah, untunipun tiyangmenika sami rampala, bamipun singanèm mugi Paduka pupaki.7 (58-8) Sami sirnaa kados toya ingkangmili, lajeng asat! Dadosa kados rumputingkang alum wonten ing margi!8 (58-9) Dadosa kados bekicot ingkangsirna salebeting mlampah, kados larékluron ingkang medal sampun pejah.

Page 129: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 58.9–59.3 1289 (58-10) Sadèrèngipun ngertos samikababata kados rerungkudan. Wong-wong mau bakal disebul déning Allahsajroning dukané, nganti sirna kabèh.10 (58-11) Wong mursid bakal bungah,samasa ndeleng pemales sing mengkonomau, sarta wijik sikil nganggo getihéwong duraka.11 (58-12) Wong-wong bakal ngucapmengkéné, "Jebulé wong mursid kuwinampa ganjaran; satemené Allah kangnindakaké keadilan ing bumi."

591Miktam anggitané Dawud ingnalikané ditekani utusané Saul

arep disédani, kanggo pemimpinépenyanyi. Kaya laguné kidung: Ajangrusak. (59-2) Dhuh Allah, kawulamugi Paduka uwalaken saking mengsahkawula; mugi Paduka bètèngi ngadhepitiyang-tiyang ingkang sami nglawankawula.2 (59-3) Kawula kauwalna sakingtiyang awon, tiyang ingkang remenngwutahaken rah.3 (59-4) Sebab tiyang menika samindingkik, ngangkah mejahi kawula.Tiyang-tiyang gagah-prakosa samikangsèn nglawan kawula, senajan

Page 130: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 59.4–9 129

kawula mboten gadhah kalepatan utawidamel dosa, dhuh Allah.4 (59-5) Senajan mboten pinanggihpiawon kawula, badhé sami ngebyukikawula, lan sami mapan siyaga.5 (59-6) Paduka mugi jumeneng, dhuhAllah Ingkang Mahakwaos, Allahipunlangit lan bumi. Paduka mugi jumenengngukum tiyang-tiyang, ingkang mbotensami wanuh kaliyan Paduka menika.Tiyang-tiyang goroh ingkang nglampahipiawon menika, sampun ngantos wonteningkang Paduka welasi.6 (59-7) Saben wanci sonten samidhateng malih, lajeng sami mbaungkados segawon nglinteri negari.7 (59-8) Cangkemipun ngawon-awon, lambénipun memoyok, awitpengraosipun, "Sapa sing krungu?"8 (59-9) Nanging dhuh Allah, Padukanggegujeng tiyang-tiyang menika;tiyang-tiyang ingkang mboten wanuhkaliyan Paduka menika mesthi Padukarèmèhaken.9 (59-10) Dhuh Allah, ingkang dadoskekiyatan kawula, Paduka ingkangkawula antos-antos, mergi Allah menikabètèng kawula ingkang sentosa.

Page 131: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 59.10–15 13010 (59-11) Allah kawula ingkangasih-setya mugi rawuh methuk kawula;kawula mugi Paduka paringi sagednyipati mengsah kawula kakawonaken.11 (59-12) Mugi sampun Paduka pejahi,supados bangsa kawula sampun ngantossupé. Sami kadadosna buyar déningpangwasa Paduka, lan sami karebahnadhuh Allah, tetamèng kawula.12 (59-13) Mengsah sami damel dosasrana lambénipun, sedaya tembungipunmenika dosa. Sami kejireta sranapiangkuhipun piyambak, sami ketamanaipat-ipat lan goroh ingkang dipunucapaken piyambak.13 (59-14) Sami katumpesa sranapaukuman, katumpesa ngantostapis. Sami kasumerepna, bilih Allahnindakaken pangwaosipun wonten ingIsraèl, sarta pepréntahan Paduka menikanyrambahi salumahing bumi.14 (59-15) Saben wanci sontentiyangipun sami wangsul malih; lajengsami mbaung kados pambaungipunsegawon nglinteri negari.15 (59-16) Sami nglambrang padostedha, menawi mboten tuwuk lajengmbaung.

Page 132: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 59.16–60.2 13116 (59-17) Nanging kawula badhéngidungaken kwasa Paduka, sabenénjing ngluhuraken sih-kadarmanPaduka kalayan bingah. Margi Padukadados bètèng kawula ingkang sentosa,pangungsèn kawula ing masa karibedan.17 (59-18) Paduka badhé kawula pujisrana masmur, mergi Allah dados bètèngkawula ingkang sentosa, Allah kawulaingkang asih-mirma.

601Miktam kang isi piwulang,anggitané Dawud, sawisé perang

karo bangsa Aram ing Aram-Naharayimlan ing Aram-Zobah. (60-2) Bali sakapeprangan mau Yoab, sénapatinéDawud, ngremuk bangsa Édom ana ingLebak Asin lan matèni mungsuh rolasèwu. Kaya laguné kidung: KembangBakung minangka seksi. (60-3) DhuhAllah, suwau kawula sampun Padukatampik, sampun Paduka buyarakenpating slebar. Mergi saking bentèringduka Paduka, mugi kersa mulihakenkawula.2 (60-4) Paduka sampun ngoregakenbumi, mila sitinipun ngantos bengkah.Paduka mugi mulihaken bengkahipunsesampunipun kagonjingaken.

Page 133: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 60.3–9 1323 (60-5) Paduka sampun damel umatPaduka ngalami kasangsaran ageng,kawula sami sempoyongan margi Padukaombèni anggur ingkang ngendemi.4 (60-6) Tiyang ingkang ngabektidhateng Paduka, Paduka émutaken,supados sami saged ngoncati panahingmengsah.5 (60-7) Supados para kekasih Padukasami oncat, mugi Paduka pitulungikalayan pangwasa. Panyuwun kawulamugi Paduka jurungi!6 (60-8) Allah wis ngandika ana ingPedalemané, "Sawisé unggul Sikèmbakal Dakpecah-pecah, lan Lebak Sukotbakal Dakedum-edum marang umat-Ku.7 (60-9) Giléad kuwi kagungan-Ku,semono uga Manasyè. Éfraim dadimakutha-Ku lan Yéhuda jungkatingkeprabon-Ku.8 (60-10) Moab pawisuhan-Ku,marang Édom trumpahku dakuncalaké,minangka pratandha yèn Édom ugakagungan-Ku. Tanah Filistéa uga wisDaktelukaké."9 (60-11) Dhuh Allah, sinten ingkangbadhé ngirid kawula mlebet kithaingkang dipun bètèngi? Sinten ingkang

Page 134: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 60.10–61.2 133

badhé nuntun lampah kawula dhatengtanah Édom?10 (60-12) Menapa mboten Padukapiyambak ingkang sampun nampikkawula, sarta mboten majengsesarengan kaliyan tentara kawula?11 (60-13) Dhuh Allah, mugi paringpitulungan nglawan dhateng mengsahkawula, awit pambiyantunipunmanungsa menika tanpa gina.12 (60-14) Srana pitulungané Allah kitabakal menang, merga Panjenenganépiyambak kang bakal nelukaké sakèhémungsuh kita.

611Anggitané Dawud, kanggopemimpin penyanyi, dibarengi

uniné clempung. (61-2) Dhuh Allah,mugi miyarsakaken pesambat kawula,pandonga kawula mugi Padukatilingaken.2 (61-3) Kalayan manah ingkangsemplah, tebih saking griya, kawulandedonga dhateng Paduka. Paduka muginuntun lampah kawula minggah, ingredi ingkang ndeder sanget kanggénipunkawula.

Page 135: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 61.3–62.1 1343 (61-4) Paduka menika pangungsènkawula, menara kawula ingkang sentosa,ing salebeting ngadhepi mengsah.4 (61-5) Kawula mugi Padukaparengaken wonten ing PedalemanPaduka selaminipun, sarta ngungsiwonten ing sangandhaping swiwiPaduka.5 (61-6) Paduka sampun miyarsakakenpunagi kawula, dhuh Allah! Kawulasampun Paduka paringi pandumanipuntiyang ingkang ngabekti dhateng Paduka.6 (61-7) Paduka mugi mewahiyuswanipun Sang Prabu, lestantunasugengipun ing selaminipun.7 (61-8) Pepréntahanipun mugi manutsapangrèh Paduka, kareksaa déningsih-kadarman lan kasetyan Paduka.8 (61-9) Mila kawula badhé memujisrana masmur dhumateng asma Padukaing selaminipun, sarta saben dintenngluwari punagi kawula.

621Masmur anggitané Dawudkanggo pemimpin penyanyi.

Laguné kaya laguné kidung: Yedhutun.(62-2) Aku ngarep-arep kanthisabar marang pitulungané Allah;

Page 136: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 62.2–8 135

mung Panjenengané piyambak singdakendelaké.2 (62-3) Sanyatané mung Panjenenganépiyambak kang ngayomi aku lannylametaké nyawaku. Panjenenganédadi pangungsènku, aku mesthi orabakal keseser.3 (62-4) Nganti pira lawasé enggonmuarep ngroyok wong siji, sing kekuwatanéora ngluwihi pager dhoyong?4 (62-5) Karepmu mung arep nglèngsèrwong saka kalungguhané sing dhuwur.Kowé padha seneng goroh, cangkemmupadha mujèkaké berkah, nanging ingbatin kowé ngipat-ipati.5 (62-6) Mung yèn nunggil karo Allahatiku tentrem, awit mung Panjenenganépiyambak kang dakendelaké.6 (62-7) Mung Panjenengané piyambakkang ngayomi aku lan nylametakényawaku. Panjenengané dadipangungsènku, aku mesthi orabakal keplayu.7 (62-8) Allah dadi etuké keslametankulan kamulyanku, etuking kekuwatankulan pangungsènku.8 (62-9) Hé bangsaku, padha precayaamarang Allah ing selawasé, isining atimu

Page 137: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 62.9–63.2 136

sokna kabèh ing ngarsané; Allah dadipapan pangungsèn kita.9 (62-10) Manungsa iku sanyatanémung presasat abab; wong gedhé wongcilik kabèh ora ana ajiné. Timbangen lanbakal ketitik, yèn ora ana boboté.10 (62-11) Aja ngendelaké karosan, lanaja ngumukaké barang rayahan. Yènbarang-darbèkmu mundhak akèh, ajanganti atimu kelèt ana ing kono.11 (62-12) Aku krungu Allah bola-bali ngandika, yèn pangwasa kuwipinangkané saka Panjenengané.12 (62-13) Dhuh Pangéran, ugi sih-kadarman, menika Paduka ingkangkagungan. Sebab Paduka males dhatengangger tiyang manut pendamelipun.

631Kidung anggitané Dawud nalikaana ing ara-ara samun Yéhuda.

(63-2) Dhuh Allah, Paduka menika Allahkawula. Kawula kangen dhateng Paduka,nyawa kawula ngelak dhateng Paduka,badan kawula ngorong dhateng Paduka,kados siti ingkang garing mboten angsaltoya.2 (63-3) Kados mekaten anggèn kawulanyawang dhateng Paduka wonten ing

Page 138: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 63.3–9 137

Pedalemanipun Allah, kanthi ningalipangwasa lan kamulyan Paduka.3 (63-4) Déné sih-kadarman Padukamenika ngungkuli kanikmataninggesang; pramila lambé kawula badhémemuji Paduka.4 (63-5) Kados mekaten kawula badhéngluhuraken Paduka selami kawulagesang, sarta ngangkat tangan kawulandedonga dhateng Paduka.5 (63-6) Nyawa kawula katuwukaken,kados menawi nedha sungsum lan gajih,kawula badhé ngucap sokur kalayanswanten sora, memuji dhateng Paduka.6 (63-7) Samasa kawula ènget dhatengPaduka wonten ing patileman, ngantossedalu muput kawula ngémut-émutPaduka.7 (63-8) Mergi Paduka ingkangmitulungi kawula, pramila kawula sagedbingah-bingah wonten ing ayomaningswiwi Paduka.8 (63-9) Nyawa kawula rumaketdhateng Paduka, saha asta tengenPaduka nyanggi kawula.9 (63-10) Nanging tiyang ingkang nedyamejahi kawula, sami badhé ngalamipejah lan dhawah ing telenging bumi.

Page 139: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 63.10–64.5 13810 (63-11) Badhé dados pakaningpedhang, lan mangsané segawon ajag.11 (63-12) Nanging Sang Prabu badhébingah-bingah margi saking Allah; lansaben tiyang ingkang supaos demi Allah,badhé ngluhuraken Panjenenganipun,margi sakathahing tiyang dosa badhésami dipun bungkem cangkemipun.

641Masmur anggitané Dawudkanggo pemimpin penyanyi. (64-

2) Dhuh Allah, mugi kersa miyarsakakenpesambat kawula, kawula kaluwaranasaking satru ingkang ambek siya.2 (64-3) Kawula mugi Paduka aling-alingi lan kauwalna saking golonganipuntiyang awon, sarta pangamukipun tiyangduraka.3 (64-4) Ilatipun dipun asah kadospedhang ingkang landhep, lanngucapaken tembung ingkangnyakitaken manah kados landhepingpanah,4 (64-5) katujokaken dhateng tiyangmursid saking pandhelikanipun, tanpawelas.5 (64-6) Sami nékad badhé nindakakenpiawon, sarta masang kala-jiret ing

Page 140: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 64.6–65.2 139

pandhelikan; pangucapipun, "Sapa singbakal weruh?"6 (64-7) Sami ngrancang damel piawon,kalayan mungel, "Aku wis padha siap,rancangané wis rampung." Iba lebetipunbatos lan pikiranipun manungsa.7 (64-8) Nanging nuli padha dipanahdéning Allah, sanalika padha ketaton.8 (64-9) Lan ditumpes déning Allahmerga tembungé wong mau dhéwé;saben wong sing weruh padhagèdhèg-gèdhèg.9 (64-10) Mulané wong kabèh padhawedi, sarta nyritakaké pakaryané Allahkaro dirasak-rasakaké.10 (64-11) Wong mursid padha senengkaro pangrèhé Allah, lan padha ngungsimarang Panjenengané; wong sing temenatiné bakal padha ngluhuraké.

651Masmur anggitané Dawudkanggo pemimpin penyanyi. (65-

2) Dhuh Allah, sampun samesthinipunPaduka kasaosan puji sokur wontening Sion, tiyang ingkang sami ngluwaripunagi inggih konjuk dhateng Paduka.2 (65-3) Awit Paduka Allah ingkangnjurungi ing pandonga ingkangkaunjukaken. Tiyang saking pundi-pundi

Page 141: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 65.3–8 140

sami badhé sowan ing ngarsa Paduka,mergi saking dosanipun.3 (65-4) Menawi panerak kawulangungkuli kekiyatan kawula, Padukaingkang nglebur.4 (65-5) Begja tiyang ingkang Padukapilih, lan ingkang Paduka timbali supadosnyelak, sarta manggèn ing plataranéDalem Paduka! Kawula sami katuwukanakanikmataning Pedaleman Paduka,inggih kasucèné kedhaton Paduka.5 (65-6) Dhuh Allah, Juru Wilujengkawula, andel-andelipun tiyangsalumahing bumi. Élok lan nggegirisianggèn Paduka njurungi panyuwunkawula, kalayan nandukaken keadilan.6 (65-7) Redi-redi Paduka papanakening panggènanipun srana kasektènPaduka, sami ngetingalaken agengingpangwaos Paduka.7 (65-8) Paduka ngèndelakenjumeguring seganten, inggih gemuruhingombakipun, sarta gorèhipun bangsa-bangsa!8 (65-9) Mila tiyang ingkangpanggènanipun tebih piyambaksami ajrih dhateng kaélokan-kaélokanPaduka. Margi saking kaélokan-kaélokan

Page 142: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 65.9–13 141

Paduka tiyang sami surak-surak kalayansora, saking pojoking bumi sisih Wétanngantos dumugi ingkang sisih Kilèn.9 (65-10) Paduka menggalih dhatengkawontenanipun siti srana Padukakintuni jawah, ngantos lubèr landados loh. Lèpènipun Paduka kebakitoya, sitinipun Paduka paringi ngantosngedalaken gandum. Mekaten enggènPaduka cecawis samukawis sedaya.10 (65-11) Siti ingkang kaambah lukuPaduka paringi jawah, prongkolanipunsiti wau Paduka leb ing toya. ngantossitinipun gembur; tanemanipun Padukaberkahi.11 (65-12) Saben taun Paduka ganjarpanèn ingkang saé. Panggènan ingkangPaduka rawuhi ngalami kalubèran.12 (65-13) Siti-siti ing ara-arasamun kebak pepanthan ménda,ing pèrènganipun kepireng swarasurak-surak.13 (65-14) Sakathahing panggènankebak ménda gèmbèl lan ménda bérok,lebak-lebak sami ketutupan ing gandum.Sedaya wradin sami bingah giyak-giyakkanthi memuji.

Page 143: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 66.1–8 142

661Kidung masmur kanggopemimpin penyanyi. Hé salumahé

bumi, padha surak-suraka ngluhurakéAllah!2Kaluhuraning asmané padha pujinennganggo nyanyian, kidungna nganggolelagon.3Munjuka marang Allah, "Sedayapakaryan Paduka menika nggegirisi!Awit saking agenging pangwaos Paduka;mengsah Paduka sami kepeksa teluk.4Salumahing bumi sami nyembah sujuddhateng Paduka, lan sami ngidungakenmasmur konjuk dhateng Paduka."5Mrénéa, delengen pakaryané Allah,iba olèhé nggegirisi tumindaké marangmanungsa!6Segara diwalik dadi dharatan, lanwong-wong padha nyabrang kali karomlaku. Mulané kita padha bungah mergaPanjenengané.7Pangrèhé kalawan kasektèn langgenging selawasé; tingalé ngulataké parabangsa, supaya para wong mbaléla ajanganti ngegungaké awaké.8Hé para bangsa, padha saosa pujimarang Allah kita, kaluhurané padhawartakna kanthi sora!

Page 144: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 66.9–16 1439Allah iku kang nylametaké nyawa kita,lan ora négakaké kita nganti tiba.10Dhuh Allah, kawula sampun natéPaduka uji, sampun naté Paduka damelmurni kados slaka.11Kawula naté Paduka lebetaken ingjaring, lan bangkèkan kawula Padukabandhuli.12Paduka négakaken sirah kawuladipun langkahi tiyang, malah natékawula mlebet ing latu lan toya. NangingPaduka ngentas kawula, ngantos kawulaluwar.13Kawula badhé sowan, mlebet ingPedaleman Paduka, nyaosaken kurbanobongan sarta ngluwari punagi kawulakonjuk dhateng Paduka,14 ingkang kawula ucapaken nalikasaweg ngalami reribed.15Kawula badhé nyaosaken kurbanobongan dhateng Paduka, rupi kéwaningkang lema, inggih ménda gèmbèljaler, lembu lan ménda bérok jaler.16Hé wong kabèh kang ngabekti marangAllah, padha majua ngrungokaké;dakcritani bab kasaénané Pangéranmarang aku.

Page 145: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 66.17–67.4 14417Aku wis sesambat marangPanjenengané, saiki arep dakpujinganggo kekidungan.18Menawa ing atiku ana pengangen-angen marang piala, mesthi panyuwunkuora dijurungi déning Pangéran.19Sanyatané Allah wis miyarsakaké,sarta wis nilingaké swaraningpandongaku.20Pinujia Allah, déné ora nampikpandongaku, sarta ora njabel sih-kadarmané marang aku.

671Kidung masmur kanggopemimpin penyanyi, dibarengi

uniné clempung. (67-2) Dhuh Allah,Paduka mugi paring sih-rahmat, tuwinmberkahi dhateng kawula.2 (67-3) Kawula kasunaranadéning cahyaning wedana Paduka.Supados karahayon peparing Padukakasumerepan ing satengahing parabangsa.3 (67-4) Dhuh Allah, mugi salumahingbumi sami ngluhuraken Paduka. Padukadipun pepuji déning para bangsa.4 (67-5) Para umat sami bingahakalawan suka-rena, awit bangsa-bangsamenika Paduka rèh kalayan adil. Sarta

Page 146: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 67.5–68.4 145

para umat sedaya ing jagad, Padukaingkang badhé nuntun lampahipun.5 (67-6) Dhuh Allah, para bangsamugi sami memuji dhumateng Paduka.Paduka dipun pujia déning para bangsasedaya!6 (67-7) Bumi wis metokaké hasilé,Pangéran kang jumeneng Allah kitamberkahi kita.7 (67-8) Allah mberkahi kita; salumahébumi padha ngabektia marang Allah.

681Masmur anggitané Dawud,kidung kanggo pemimpin

penyanyi. (68-2) Allah jumeneng,mula mungsuhé padha buyar, wongsing padha memungsuhan karoPanjenengané padha keplayu saka ingngarsané.2 (68-3) Kaya kukus kabur ing angin,kaya malam ajèr ing geni, kayamengkono wong ala, padha sirna sakangarsané Allah.3 (68-4) Nanging para wong mursidpadha bungah-bungah, padha giyak-giyak ing ngarsané Allah, padha bungahlan suka-rena.4 (68-5) Padha ngidunga konjukmarang Allah, pujinen asmané. Dalan

Page 147: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 68.5–10 146

ambah-ambahané ing awang-awangratakna! Panjenengané iku kang asmanékasebut Allah! Padha bungah-bungahaana ing ngarsané.5 (68-6) Ana ing Pedalemané kang suciPanjenengané dadi ramané bocah lolalan kang mbélani prekarané para randha.6 (68-7) Wong nglembara padhadiparingi omah, wong tahanan padhadiluwari, diirid lan nampa kabegjan.Nanging para pembrontak padhamanggon ing ara-ara samun.7 (68-8) Dhuh Allah, nalika Padukangirid umat Paduka majeng ingpeprangan, nalika Paduka tindak ingara-ara samun,8 (68-9) bumi gonjing lan langitndhawahaken jawah, wontenngarsanipun Allah, ingkang rawuhing Gunung Sinai.9 (68-10) Dhuh Allah, Paduka ingkangndhatengaken jawah deres, lan sitiPaduka ingkang cengkar Padukasegeraken malih.10 (68-11) Ngantos umat Paduka sagedmanggèn ing ngriku, lan Paduka nyekapikabetahanipun tiyang kesrakat, margisaking kesaénan Paduka.

Page 148: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 68.11–18 14711 (68-12) Pangéran paring dhawuh, lankathah tiyang èstri sami martosaken:12 (68-13) "Para raja lan tentaranépadha keplayu!" Lan wong wadon singtunggu omah padha ngedum-edumrayahané.13 (68-14) Reca kaya manuk daranganggo swiwi slaka, elaré gilap kagawésaka emas. (Yagéné kowé padhamanggon ing kandhang amor wedhusing mangsa perang?)14 (68-15) Nalika Kang Mahakwasambuyaraké para raja ana ing GunungZalmon. Panjenengané nekakaké saljuing kana.15 (68-16) Saiba sentosané GunungBasan kuwi, gunung kang akèh pucaké!16 (68-17) Hé gunung-gunung singakèh pucaké, yagéné kowé padha nginamarang gunung, kang dikersakaké Allahdadi Pedalemané, lan bakal didalemi ingselawas-lawasé.17 (68-18) Kréta-perangé Allahé cacahéakèh banget, nalika rawuh saka GunungSinai menyang Pedalemané.18 (68-19) Paduka sampun sumengkawonten ing ngaluhur, ngasta tiyangtawanan kathah. Manungsa ingkang

Page 149: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 68.19–25 148

suwau mbrontak sami saos bulu-bekti.Allah badhé dedalem ing ngriku.19 (68-20) Pinuji-pujia Pangéran! Sabendina kersa nyangga momotan kita. Allahmitulungi kita.20 (68-21) Iya Allah kang paringpitulung, Pangéran Allahku kwasangluwari saka pati.21 (68-22) Nanging mungsuhé Allahdiremuk sirahé, wong sing tansahnindakaké piala diremuk sirahé singdhiwut-dhiwut.22 (68-23) Pangéran ngandikamengkéné, "Mungsuhmu bakalDakbalèkaké saka Basan, bakalDakbalèkaké saka telenging segara,23 (68-24) supaya sikilmu gupakagetihé, lan ilaté asumu mèlu ngrasakakénganti sawaregé."24 (68-25) Dhuh Allah, tiyang-tiyangsami ningali arak-arakan kemenanganPaduka, Allah kawula, Ratu kawula,dhateng Pedaleman Paduka ingkangsuci.25 (68-26) Tiyang-tiyang ingkang samimenyanyi mlampah ing ngajeng, ingwingkingipun para penabuh clempung,

Page 150: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 68.26–31 149

ing tengah para prawan ingkang saminabuh terbang.26 (68-27) "Pasamuwan, padha mujiaAllah, hé turuné Israèl, padha mujiaasmané!"27 (68-28) Taler Bènyamin, sing cilikdhéwé, mlaku ing ngarep, banjur parapenggedhéné taler Yéhuda, kasusuldéning para penggedhéné taler Zébulonlan Naftali.28 (68-29) Dhuh Allah, mugi kersangetingalaken pangwasa Paduka,inggih pangwasa ingkang Paduka agemmitulungi kawula.29 (68-30) Kagem Pedaleman Padukaing Yérusalèm, para raja badhé saminyaosi pisungsung konjuk dhumatengPaduka.30 (68-31) Sato kéwan ing glagahanmugi Paduka dukani, semanten ugi parapangwasa lan para pengagengingbangsa-bangsa! Mugi Padukandhawahaken paukuman dhatengtiyang ingkang karem bandha;kabuyarna bangsa-bangsa ingkangremen perang!31 (68-32) Para utusan badhé samidhateng saking Mesir, tiyang Étiopia

Page 151: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 68.32–69.2 150

badhé ngegaraken tangan dhateng Allahsaprelu ndedonga.32 (68-33) Hé sakèhé kraton ingsalumahing bumi, padha ngidungnapujiné Allah. Pangéran padha luhurnanganggo nyanyian, padha ngidungnamasmur kagem Allah;33 (68-34) kagem Panjenengané kangnitih kréta ana ing langit, sing ananéwiwit jaman kuna mula. Rungokna!Panjenengané ngetingalaké swaranékang nggegirisi.34 (68-35) Ngakonana pangwasanéAllah, lan kaluhurané ana ing Israèl,sarta kamulyané ana ing langit dhuwur.35 (68-36) Dhuh Allah, iba agengingkawibawan, ingkang miyos sakingPaduka wonten ing PedalemanipunAllah. Allahé Israèl paring kaluhuran lankekuwatan marang umaté. Pinujia Allah!

691Anggitané Dawud kanggopemimpin penyanyi. Laguné kaya

laguné: Kembang Bakung. (69-2) DhuhAllah, kawula mugi Paduka pitulungi,margi kawula badhé kleleb!2 (69-3) Kawula ambles ing lendhut,ingkang mboten wonten dhasaripunkanggé ngadeg. Kawula kejlungup ing

Page 152: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 69.3–7 151

toya lebet, lan badhé kleleb déningombak.3 (69-4) Awit saking enggèn kawulasesambat, badan kawula lemes lan telakkawula garing; mripat kawula tansahnjinggleng ngajeng-ajeng pitulungansaking Paduka.4 (69-5) Tiyang ingkang nyengitikawula tanpa sebab, menika kathahipunnglangkungi rambut kawula. Kathahsanget tiyang ingkang nedya ngrisakkawula, inggih tiyang ingkang nyatronikawula tanpa sebab. Kawula dipun peksamangsulaken barang ingkang mbotenkawula rayah.5 (69-6) Dhuh Allah, Paduka pirsacupeting nalar kawula, dosa-dosa kawulamboten kaaling-alingan wonten ingngarsa Paduka.6 (69-7) Dhuh Allah, para tiyangingkang ngantos-antos Paduka, sampunngantos kwirangan margi saking kawula.Tiyang ingkang ngupados Padukasampun ngantos kecuwan margi sakingkawula, dhuh Allahipun Israèl.7 (69-8) Awit saking Paduka enggènkawula dipun awon-awon, lan dipundamel wirang.

Page 153: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 69.8–14 1528 (69-9) Kawula dipun sélaki déningsedhèrèk-sedhèrèk kawula, sartadados tiyang manca tumrapipunsedhèrèk-sedhèrèk kawula sebrayat.9 (69-10) Anggèn kawula kesengsemdhateng Pedaleman Paduka, menikapresasat latu ingkang mbesmi manahkawula, sarta kawula dipun poyokidéning tiyang-tiyang ingkang saminampik Paduka.10 (69-11) Kawula ngasoraken badankawula srana siyam, nanging ing babmenika kawula dipun poyoki.11 (69-12) Samasa kawula nganggésandhanganipun tiyang kesripahan,kawula lajeng dipun catur.12 (69-13) Kawula dipun raosidéning tiyang ingkang sami jagonganing gapuraning negari, lan dadostetembanganipun tiyang mendem.13 (69-14) Dhuh Allah, kawula badhéndedonga dhateng Paduka, mugi Padukaparing wangsulan, sakeparenging kersaPaduka, karana gunging sih-kadarmanPaduka.14 (69-15) Kawula mugi Paduka entassaking lendhut, supados mboten kleleb,

Page 154: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 69.15–20 153

kawula kauwalna saking satru-satrukawula, lan saking toya lebet.15 (69-16) Sampun ngantos kawulakéntir déning ombak, lan kauntal déningtelenging pejah.16 (69-17) Dhuh Allah, mugi njurungipanyuwun kawula, awit saking kesaénanlan sih-kadarman Paduka; mugi kersamirsani kawula, margi saking agengingsih-rahmat Paduka.17 (69-18) Sampun ngantos ngaling-alingi wedana Paduka dhateng abdiPaduka, margi kawula nandhangkaribedan; pramila mugi énggal paringwangsulan.18 (69-19) Mugi kersa énggal rawuhnebus kawula, sarta ngluwari kawulasaking satru kawula.19 (69-20) Paduka pirsa cacad kawula,kwirangan sarta kanisthan kawula;Paduka ugi pirsa sinten kémawoningkang ngrupeki kawula.20 (69-21) Cacad kawula damel alitingmanah, ngantos kawula semplah;kawula ngajeng-ajeng piwelasing tiyang,nanging tanpa damel; ngajeng-ajengtiyang ingkang saged nglipur, nangingmboten manggih.

Page 155: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 69.21–29 15421 (69-22) Malah kawula dipun sukaniracun, lan nalika kawula kasatan, dipunombèni cokak.22 (69-23) Mugi bujananipun tiyang-tiyang menika dadosa jalaraningtumpesipun; lan enggènipun wilujengandadosa jiretipun.23 (69-24) Mripatipun dadosa wuta, lanbangkèkanipun dadosa lemes.24 (69-25) Paukuman Padukakatumplekna, supados tiyang-tiyangwau sami ketamana bramantyaj Paduka!25 (69-26) Pémahanipun dadosa sepen,lan griyanipun suwung,26 (69-27) margi sami nguya-uya tiyangingkang Paduka gebagi, sarta nambahiperihipun tiyang ingkang sampun Padukatatoni.27 (69-28) Dosa-dosanipun mugiPaduka cathet sedaya, lan sampunngantos angsal panduman kawilujenganpeparing Paduka.28 (69-29) Namanipun kacorèka sakingkitabé ngagesang, sampun ngantoskacathet ing kitabipun umat Paduka.29 (69-30) Nanging kawula menikakesrakat lan siniya-siya, dhuh Allah,

jbramantya: amarah (bhs. Ind.).

Page 156: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 69.30–70.1 155

kawula mugi Paduka tangèkaken, lanPaduka ayomi.30 (69-31) Allah bakal dakpuji nganggonyanyian sarta dakluhuraké kanthi saossokur.31 (69-32) Kuwi gawé renaningpenggalihé ngungkuli kurban sapi singdiwasa.32 (69-33) Wong sing ditindhes samasaweruh bakal padha bungah. Hé wongkang nggolèki Allah, padha bungaha.33 (69-34) Sebab Allah miyarsakaképesambaté wong miskin, lan wongtawanan ora dianggep asor.34 (69-35) Langit lan bumi padhangluhurna asmané, semono uga segaralan saisiné kabèh.35 (69-36) Sebab Allah bakal ngluwariSion, lan mbangun kutha-kuthanéYéhuda, supaya wong-wong padhamanggon ing kana; lan ndarbèni bumikono.36 (69-37) Sarta saterusé dadi darbèkéanak-putuné umaté; lan wong singnresnani asmané Allah kang bakal padhangenggoni.

701Anggitané Dawud, nalika saoskurban minangka pèngetan;

Page 157: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 70.2–71.1 156

kanggo pemimpin penyanyi. (70-2)Dhuh Allah, mugi énggal rawuh mitulungikawula, mugi paring pitulung, dhuhAllah, samenika ugi.2 (70-3) Tiyang ingkang ngangkahpejah kawula sami nandhanga wiranglan bingunga piyambak. Ingkang samingangkah bilai kawula mugi samimundur lan kwirangan.3 (70-4) Ingkang nyukuraken kawula,sami wangsula lan kisinana, minangkapiwalesing pangolok-olokipun.4 (70-5) Tiyang ingkang sami madosiPaduka, mugi sami bingah-bingah,sarta suka-renaa sedaya tiyang ingkangngajeng-ajeng sih-pitulungan Paduka.Sami tansah gadhaha pamuji mekaten,"Allah iku Mahaluhur!"5 (70-6) Nanging menggah kawulamenika tiyang nistha lan papa. DhuhAllah, mugi tumunten rawuh. Padukamenika Juru Wilujeng ingkang mitulungikawula. Dhuh Allah, kersaa énggalrawuh.

711Dhuh Allah, kawula ngungsidhateng Paduka, mugi sampun

ngantos kawula kwirangan.

Page 158: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 71.2–8 1572Paduka mugi kersa nguwalakenkawula lan ngluwari kawula kranasaking kaleresan Paduka. Paduka muginilingaken pesambat kawula, sartangluwari kawula.3Paduka mugi dados parang kawulaingkang sentosa, ingkang kawulaungsèni, bètèng kawula ingkangmitulungi kawula, awit inggih namungPaduka jumeneng dados peparang sahabètèng kawula.4Dhuh Allah, kawula mugi Padukaluwari saking tanganipun tiyang duraka,saking cengkeremaning tiyang awon lanambek siya.5Sebab Paduka menika ingkang kawulaendelaken, dhuh Allah, ingkang kawulajagèkaken wiwit alit mila.6Anggèn kawula suméndhé dhatengPaduka wiwit kawula taksih wontening wetengan; Paduka ingkang tansahkawula luhuraken.7Tumrap tiyang kathah, gesang kawuladados tuladha, margi Paduka dadospangungsèn kawula ingkang sentosa.8Lambé kawula lubèr pamujidhumateng Paduka, ing sedinten-dintenPaduka kawula luhuraken.

Page 159: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 71.9–16 1589 Ing mangsanipun sampun sepuhkawula, mugi sampun ngantos Padukatampik; ing wancinipun kekiyatan kawulasuda, mugi sampun ngantos Paduka tilar.10Mengsah-mengsah kawula samingraosi, tiyang-tiyang ingkang nedyamejahi kawula sami sarembag.11Lan mungel mekaten, "Wong kuwiwis ditilar déning Allah, ayo padhadioyak lan dicekel, sebab wis ora anasing mitulungi."12Dhuh Allah, Paduka sampun ngantosnebihi kawula. Dhuh Allah kawula, mugitumunten rawuh, mitulungi kawula!13Para satru kawula sami nandhangawirang, lan sami kasirnakna. Saminandhanga wirang lan nistha, sedayatiyang ingkang ngangkah cilaka kawula.14Menggah kawula badhé tansahpitados dhateng Paduka lan saya sangetanggèn kawula ngluhuraken Paduka.15 Ilat kawula badhé nyariyosakenkaleresan Paduka, lan pitulunganpeparing Paduka badhé tansah kawulawartosaken saben dinten, sebab kawulamboten saged ngétang cacahipun.16Dhuh Pangéran, kawula badhémarek nyariyosaken kaélokaning

Page 160: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 71.17–21 159

pangwasa Paduka, saha nyebutakenkaleresan Paduka, inggih namungPaduka piyambak ingkang kawula puji!17Dhuh Allah, wiwit alit mila kawulasampun Paduka wulang, sarta dumugisepriki kawula tansah nyariyosakenkaélokan Paduka.18Dhuh Allah, salebetipun kawulasampun sepuh sarta uwanen mekaten,sampun ngantos Paduka tilar, supadosanak-putu kawula ing samangké kawulacariyosaken bab pakaryaning astaPaduka, lan pangwasa Paduka kawulacariyosaken dhateng anak-putu kawulasedaya, ingkang badhé dhateng.19Kaleresan Paduka, dhuh Allah,sundhul ing langit. Paduka sampunnindakaken prekawis-prekawis ingkangélok; dhuh Allah, sinten ingkang nyamèniPaduka?20Paduka ingkang sampunndhawahaken karibedan lan kasangsarandhateng kawula, inggih Paduka piyambakingkang badhé nggesangaken kawulamalih, sarta Paduka entasaken sakingtelenging bumi.21Paduka mugi mewahi kadrajatankawula, lan nglipur kawula malih.

Page 161: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 71.22–72.3 16022 Ing ngriku kawula badhé memujiPaduka kalayan swantening slukat. Margisaking prasetyan Paduka, dhuh Allah,Paduka badhé kawula caosi pamuji mawiswantening clempung. Dhuh AllahipunIsraèl, ingkang Mahasuci.23Lambé kawula dalah nyawa kawulaingkang sampun Paduka tebus, badhésami bingah-bingah, sarta ngidungakenpuji Paduka.24 Ilat kawula sedinten-dinten badhémartosaken kaleresan Paduka, margitiyang ingkang sami ngangkah bilaikawula sampun sami kwirangan lankatumpes.

721Anggitané Suléman. Dhuh Allah,Sang Prabu mugi Paduka wulang

ngadili miturut dhawuh Paduka, lan SangPutra Raja mugi kaparingana kaleresaningkang saking Paduka piyambak.2Supados panjenenganipun ngerèhumat Paduka kalayan adil, lan tiyang-tiyang kagungan Paduka miturutadhawuh Paduka.3Mugi negari menika kaparinganatentrem-rahayu, saha gesangadhedhasar kaleresan.

Page 162: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 72.4–10 1614Mugi Sang Prabu paring keadilandhateng tiyang kesrakat, paringpitulungan dhateng tiyang mlarat sahanumpes tiyang ingkang nganiaya.5Sang Prabu kaparingana panjangyuswa selaminipun wonten suryalan rembulan, semanten ugi putra-wayahipun.6Mugi Panjenenganipun dadoslantaraning berkah, kados jawahingkang dhawah ing rumput, ingkangnyiram bumi ngantos lubèr.7Selaminipun Panjenenganipun ngastakeadilan, saya nambahana katentremansaha karahayon saya lubèra, ngantosmboten wonten rembulan malih!8Sang Prabu mugi mengkua tanah-tanah wiwit saking seganten dumugiseganten, tuwin saking Éfrat dumugipungkasaning bumi.9Para bangsa ing ara-ara samun samisujuda wonten ing ngarsanipun, sartamengsahipun sami ndilata lebu.10Para raja saking Tarsis lan ingpulo-pulo sami nyaosana pisungsung;para ratu saking Syéba lan Séba samisowana sarta saos pisungsung.

Page 163: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 72.11–17 16211Sakathahing para raja sami sujudadhateng Panjenenganipun, sartasakathahing para umat sami saosapangabekti!12Saèstu Panjenenganipun badhémitulungi tiyang mlarat, ingkangsesambat, mekaten ugi tiyang ingkangkesrakat sarta ingkang kapiran.13Panjenenganipun badhé nresnanitiyang sèkèng lan tiyang mlarat,nyawanipun tiyang miskin badhé dipunpitulungi.14Sami badhé dipun tebus sakingpanindhes lan panganiaya, rahipun dipunanggep adi.15Sugenga Sang Prabu! Kasaosanapisungsung emas saking Syéba, lankadongakna sedinten-dinten, supadoslestantuna kasugenganipun.16 Ing tanah ngriku lubèra tanemangandum, dalah ing pucaking redingedalna woh kathah kados taneman ingLibanon. Kitha-kithanipun kebaka tiyangkados rumput ing ara-ara.17Asmanipun Sang Prabu lestantunaing selami-laminipun; kesuwuraselaminipun wonten surya. Sedayabangsa sami anduma berkah kanthi

Page 164: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 72.18–73.7 163

nyebut asmanipun, saha sami mujèknaberkah karaharjan saking Allah.18Pinujia Pangéran, Allahé Israèl! MungPanjenengané kang nindakaké kaélokan.19Pinujia asmané kang mulya,salumahing bumi kasrambahana ingkaluhurané! Amin!20Tekan seméné pamuji-pamujianggitané Dawud, putrané Isai.

731Masmur anggitané Asaf. SejatinéAllah iku becik tumrapé wong sing

jujur, lan sing resik atiné.2Nanging mungguh aku, mèh waésikilku keplèsèt, mèh waé ilang imanku.3Sebab aku mèri karo wong singgemedhé, lan panas atiku nalika weruhkabegjané wong ala.4Déné ora tau nandhang sangsara,awaké waras, lemu.5Ora nandhang karibedan kaya wongliyané, lan ora nandhang perih kayawong sapepadhané.6Mulané wataké angkuh, lan dhemennyia-nyia pepadhané.7Dosané tuwuh subur ing atiné, batinétansah ngrancang piala.

Page 165: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 73.8–16 1648Senengané nyemoni wong liya,kalawan angkuh ngrancang piala lanpanyiksa.9Allah kang ana ing swarga diala-ala,lan kalawan angkuh njajah wong ana ingbumi.10Umaté Allah nganti padha kèlumarang wong mau, lan precaya karo apasing dikandhakaké.11Pangucapé, "Gusti Allah masa pirsaa,Kang Mahaluhur mesthi ora maèlu."12Kaya mengkono kaanané wong jahat,wong mau tansah begja lan kasugihanésaya tambah.13Yèn mengkono apa gunané akungudi marang kautaman, lan nyingkiripenggawé ala?14Dhuh Allah, saben dinten kawulaPaduka sangsara, saben énjing kawulaPaduka welèhaken.15Saupami kawula gadhah ungelingkang kados mekaten, temtu kawulanyélaki anggèn kawula dados umatPaduka.16Prakara mau dakrasak-rasakaké,nanging aku meksa ora ngerti.

Page 166: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 73.17–25 16517Nganti aku mlebu ing PedalemanéAllah kang Suci, lan ngentèni wekasanéwong ala mau.18Èstunipun tiyang-tiyang menikaPaduka degaken ing papan ingkanglunyu, lajeng Paduka plèsèdaken, miladhawah remuk.19Sanalika sami tumpes-tapis, sirnamargi saking paukuman Paduka.20Kados impèn ingkang ical ing wanciénjing, samasa Paduka jumeneng lajengPaduka kipataken.21Nalika manah kawula mangkel déningmrina, lan batos kawula nepsu déningsakiting manah,22èstunipun kawula bodho lan tanpabudi, kados kéwan wonten ing ngarsaPaduka.23Nanging sokur déné kawula celakkaliyan Paduka, lan kaasta déning astatengen Paduka.24Kawula Paduka paringi pitedah, lajengPaduka pulung dhateng kamulyan.25 Ing swarga lan ing bumi mbotenwonten ingkang kawula raketi, kejawinamung Paduka piyambak.

Page 167: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 73.26–74.3 16626Senajan badan lan nyawa kawulalebur, Allah ing selami-laminipun dadosbètèng lan kekiyatan kawula.27Sayektosipun, tiyang ingkangnyingkur Paduka badhé manggihkarisakan, tiyang ingkang nyembah allahsanès, badhé tumpes sedaya, sarta nilarPaduka.28Nanging mungguh aku, aku milihrumaket marang Allah, Pangéran, Allahiku andel-andelku, sarta aku bakalnyritakaké sakèhé pakaryané!

741Kidung isi piwulang, anggitanéAsaf. Dhuh Allah, menapa

sebabipun kawula sami Paduka tampiking selaminipun? Menapa sebabipundéné ménda-ménda kagungan Paduka,Paduka ukum ing selaminipun?2Paduka mugi ngèngeti dhateng umatingkang Paduka pundhut kala jamankina, inggih Paduka tebus kadadosakenkagungan Paduka piyambak. Mugingèngeti dhateng Gunung Sion,dunungipun Pedaleman Paduka.3Paduka mugi kersa tedhak nuwènipanggènan-panggènan ingkang sampundangu risak sanget. Wonten ing

Page 168: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 74.4–10 167

Pedaleman Paduka, samukawis sampundipun risak déning mengsah.4Mengsah-mengsah Paduka sampunsami surak-surak ing Pasucèn Paduka,lan sampun sami masang gendéranipunminangka tandhaning kamenanganipun.5Pendamelipun presasat tiyang madunging wana, ingkang negori kajeng.6Sesampunipun menika lajengngremuki sedaya ukir-ukiran mawilinggis lan palu.7Pedaleman Paduka ingkang suci lajengdipun besmi, pasucèn Paduka dipunnajisaken lan dipun damel radin kaliyansiti.8Osiking manahipun, "Ayo padhadirusak kabèh." Sedaya papanpanembahipun umat Paduka sanegarisedaya lajeng dipun besmi telas.9Sedaya barang-barang suci kawulaical, para nabi inggih sampun mbotenwonten, lan mboten wonten tiyangingkang sumerep badhé ngantos pintenlaminipun.10Dhuh Allah, badhé ngantos pintenlaminipun mengsah menika enggènipunmemoyok, lan nyenyamah asma Padukatanpa kendhat.

Page 169: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 74.11–18 16811Kénging menapa Paduka nampikmitulungi kawula? Sarta ndhelikakenasta tengen Paduka?12Nanging sanyatanipun Padukamenika Ratu kawula, dhuh Allah, wiwitjaman kina mila, ingkang sampun asringmitulungi kawula.13Paduka ingkang kala rumiyin miyakseganten kalayan asta Paduka ingkangkwasa, lan ngremuk sirahipun sawernaga ing seganten.14 Inggih Paduka ingkang ngremuksirahipun Léwiatan. Paduka dadosakentetedhanipun kéwan-kéwan ing ara-arasamun.15Paduka ingkang damel tuk lan lèpèn,kali ingkang ajeg toyanipun Padukaasataken.16Rinten Paduka ingkang nitahaken,semanten ugi dalu; surya lan rembulan,Paduka ingkang mrenahaken.17Paduka ingkang netepaken watesédharatan; mangsa bentèr lan mangsabedhidhing Paduka ingkang mrenata.18Paduka mugi ngèngeti, dhuh Allah,bilih para mengsah sami nggegujengPaduka, bilih tiyang-tiyang ingkang

Page 170: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 74.19–23 169

bodho menika sami ngawon-awon asmaPaduka.19Paduka mugi sampun négakakennyawanipun umat Paduka ingkangringkih menika wonten ing tanganingmengsahipun ingkang ambek siya.Paduka mugi sampun supé dhatengumat Paduka ingkang kasiya-siya.20Mugi ngèngeti dhateng prejanjianPaduka kaliyan kawula sedaya, sebab ingnegari menika kathah pandhelikanipuntiyang ingkang remen nindakakenpanganiaya.21Tiyang ingkang katindhes sampunngantos sami kwirangan, tiyang mlaratsarta papa sageda sami memuji asmaPaduka.22Paduka mugi jumeneng sartanindakaken keadilan Paduka, mugingèngeti tiyang ingkang bodhoenggènipun ngawon-awon dhatengPaduka tanpa kendhat.23Paduka mugi nggalih sakathahingujaripun para mengsah Paduka, sahasumbaripun tiyang-tiyang ingkangmbaléla dhateng Paduka, ingkang sayadangu saya nékad.

Page 171: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 75.1–8 170

751Kidung anggitané Asaf kanggopemimpin penyanyi. Laguné kaya

laguné: Aja ngrusak. (75-2) Dhuh Allah,kawula sami memuji dhumateng Paduka.Kawula sami muji sokur, dhuh Allah!Kawula sami nyariyosaken pakaryanPaduka ingkang élok.2 (75-3) Allah ngandika, "Aku singnetepaké wektuné pengadilan, lan Akubakal ngadili kalawan patitis.k3 (75-4) Senajan sakèhé tumitah geterlan bumi gonjang-ganjing, Aku, ya Akupiyambak sing njejegaké sakané."4 (75-5) Wong angkuh padhaDakkandhani, "Aja sumelang,"5 (75-6) lan wong ala Dakkandhani,"Aja umuk. Aja ngendel-endelakékekuwatanmu lan aja sesumbar."6 (75-7) Tekané pengadilan iku ora sakaWétan utawa saka Kulon, lan uga orasaka Lor utawa Kidul.7 (75-8) Nanging saka Allah, singjumeneng hakim, ngluputaké sing sijilan mbeneraké sijiné.8 (75-9) Allah ngasta tuwung ingastané, isi anggur paukumané. Anggurmau bakal diesokaké, lan wong duraka

kpatitis: tepat (bhs. Ind.).

Page 172: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 75.9–76.5 171

kabèh bakal ngombé anggur mau tekanendheg-endhegé pisan.9 (75-10) Nanging aku selawasé bakalbungah-bungah lan ngidungaké masmurkonjuk ing Allahé Yakub.10 (75-11) Pangwasané wong durakabakal dilebur, nanging kekuwatané wongmursid bakal saya tambah-tambah.

761Kidung masmur anggitané Asafkanggo pemimpin penyanyi,

dibarengi uniné clempung. (76-2) Sabenwong ing Yéhuda ngerti Allah iku sapa,asmané diurmati ing Israèl.2 (76-3) Kémahé didegaké ing Salèm,pedalemané ana ing Gunung Sion.3 (76-4) Ana ing kana Panjenengané wismutungi, panah sing mengkilat, tamèngsarta pedhang, apa déné sarupanégegamaning perang.4 (76-5) Dhuh Allah, agungingkamulyan Paduka ngungkuli paredèningkang sampun wonten wiwit jamankina mila.5 (76-6) Prejurit kendel-kendel samikablèjédan, lan nemahi tiwas, karosanlan ketrampilanipun mboten kanggé.

Page 173: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 76.6–12 1726 (76-7) Dhuh Allahipun Yakub, margisaking paukuman Paduka, kapal laningkang numpaki sami pejah.7 (76-8) Paduka menika nggegirisi!Sinten ingkang betah ngadhepi Padukamenawi Paduka ngleresi duka?8 (76-9) Paduka ndhawahakenkerampunganing pengadilan sakingswarga, salumahing bumi sami ajrihblangkemen.9 (76-10) Allah jumeneng ndhawahakenpaukuman, kersa mitulungi sakathahingtiyang kesrakat wonten ing bumi.10 (76-11) Brangasanipun manungsawekasanipun namung badhé dameltambahing pamuji kagem asma Paduka;kekantunaning tiyang ingkang medalsaking peprangan menika badhé memujiasma Paduka.11 (76-12) Punagimu marang Pangéranpadha luwarana; padha nyaosnapisungsungmu marang Panjenengané.Hé sakèhé bangsa kang ana ing sakiwa-tengené. Panjenengané pantes disaosipakurmatan.12 (76-13) Kang ngasoraké parapenggedhé; lan ndadèkaké para raja ingbumi gemeter.

Page 174: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 77.1–7 173

771Masmur anggitané Asaf kanggopemimpiné penyanyi, dibarengi

uniné clempung. Laguné kaya lagu:Yedhutun. (77-2) Kalawan swara soraanggonku sesambat marang Allah, lanPanjenengané miyarsakaké aku.2 (77-3) Ing dina karubedan akunggolèki Pangéran, senajan ingwayah bengi tanganku dakegarakéing pandonga, nyawaku ora gelemdiarih-arih.3 (77-4) Samasa ngangen-angenmarang Allah, aku banjur ngesah-esah.Samasa dakrasak-rasakaké nyawakungenes lan nglentrih.4 (77-5) Kawula mboten saged tilemmargi saking Paduka, ngantos manahkawula bingung lan mboten sagedwicanten.5 (77-6) Kawula ngangen-angendhateng lelampahan ing jaman kina,inggih ing jaman ingkang kepengker.6 (77-7) Ing wanci dalu kawula nggraitasalebeting manah, lajeng ngunandikaing batos mekaten,7 (77-8) "Penampiké Pangéran monoapa kanggo selawasé, ing tembé apabakal ora melasi menèh?

Page 175: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 77.8–15 1748 (77-9) Sih-palimirmané apa wispedhot babar-pisan, prasetyané singturun-temurun apa wis cunthel?9 (77-10) Allah apa wis ora melasimenèh, lan kawelasané apa lebur déningbebenduné?"10 (77-11) Ing kono osiking atiku, "Kangnjalari perihku, iya iku yèn Allah wis oraMahakwasa menèh."11 (77-12) Aku dakéling-éling pakaryanéAllah. Kawula badhé ngraos-ngraosakenkaélokan Paduka sedaya ing jaman kina.12 (77-13) Pakaryan Paduka sedayabadhé kawula raos-raosaken, lanpendameling asta Paduka badhé kawulaènget-ènget.13 (77-14) Dhuh Allah, pangrèh Padukamenika suci! Pundi wonten Allah ingkangluhur kados Allah kawula?14 (77-15) Paduka menika Allah ingkangnindakaken kaélokan, pangwasa Padukamisuwur ing antawisipun para bangsa.15 (77-16) Umat Paduka, turunipunYakub lan Yusuf sampun Paduka tebuskalayan pangwasa Paduka.

Page 176: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 77.16–78.3 17516 (77-17) Dhuh Allah, seganten nalikaningali Paduka lajeng ajrih, dalahtelengingl samodra sami gemeter.17 (77-18) Mendhung nggrojogakentoya, gludhug gumleger medal sakingawang-awang, bledhèg sesamberanpating clèrèt.18 (77-19) Gumlegering gludhug Padukangèbeki langit, kilat sami pating glebyarmadhangi jagad. Bumi gemeter kaliyanoreg.19 (77-20) Paduka tindak ngambahseganten, nratas telenging samodra,nanging tapak Paduka mboten ketawis.20 (77-21) Paduka ngirid umat Padukakados nggiring ménda, srana tanganipunMusa lan Harun.

781Kidung isi piwulang anggitanéAsaf. Dhuh bangsaku, rungokna

piwulangku, tembungku gatèkna.2Aku arep medharaké kidung kang isipiwulang, arep nerangaké wewadi kangkelakon dhèk jaman kuna.3Prekara sing wis kita rungu lan kitaalami, sing dicritakaké marang kitadéning para leluhur.

lteleng: puser: pusat (bhs. Ind.).

Page 177: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 78.4–11 1764Aja kita dhelikaké tumrap anak-putu,nanging arep dakcritakaké marangangkatan sing sabanjuré; yakuwi babkaluhurané Allah lan pangwasané, apadéné kaélokan kang ditindakaké.5Pangéran wis ndhawuhaké prenatankanggo Israèl, lan ngundhangakéangger-angger marang turuné Yakub.6Para leluhur wis didhawuhi ngandhanimarang anak-putu, supaya dingertènanadéning turuné ing sapungkuré, iyadéning anak-putu kang bakal lair.7Supaya padha precaya marang Allahlan aja lali sarupaning pakaryané, apadéné padha netepana dhawuhé.8Karomenèh aja kaya para leluhurésing padha dadi wong mbangkang singpangabektiné marang Allah ora mantep,lan atiné ora setya marang Allah.9Wong taler Éfraim, kang sikepgegaman panah lan gendhéwa, lagitengah-tengahé perang padha mundur.10Padha ora ngandel karo janjinéAllah, lan wegah urip manut pangrèhéPangéran.11Wong-wong mau padha lali marangpakaryané Allah, lan pendamelé kang

Page 178: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 78.12–19 177

élok, kang ditedahaké déning Allahmarang wong-wong mau.12Allah wis nindakaké kaélokan ana ingngarepé para leluhur mau, ing tanahMesir, ing daérah Zoan.13Segara dipiyak, lan umatédisabrangaké. Banyuné digawéngadeg kaya bendungan.14 Ing wayah awan lakuné umatdituntun nganggo méga, yèn benginganggo padhanging geni.15Gunung watu dibelah ana ing ara-arasamun, umaté nuli diparingi ngombénganti turah-turah presasat banyu sakasegara.16Saka karang mau Allah metokakékali, kang banyuné gumrojog kaya kali.17Éwasemono para leluhur mau padhakebacut-bacut anggoné gawé dosamarang Allah, sarta anggoné mbrontakmarang Kang Mahaluhur, ana ing ara-arasamun.18Malah ing atiné padha nyoba marangAllah, nyuwun diparingi pangan nurutikepéncuting hawa-nepsuné.19Unjuké marang Allah, "Apa Allahkwasa maringi pangan ana ing ara-arasamun?

Page 179: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 78.20–28 17820Panjenengané pancèn kwasa mbelahkarang lan metokaké banyu ngantiturah-turah, nanging apa kwasa maringiroti utawa daging marang umaté?"21Mulané bareng ana tembung singmengkono mau, Allah duka, banjur anageni nibani umat Israèl.22Kuwi merga padha ora precayamarang Allah, sarta ora precaya marangpitulungané.23Éwasemono Allah kersa ndhawuhiméga-méga mbukak gapurané langit.24Umaté diudani manna kanggopangan, padha diparingi gandum sakalangit.25Kabèh padha mangan rotiningmalaékat, padha kaparingan sangunganti wareg.26Allah nekakaké angin saka Wétan,lan ngagem kwasané nggiring anginsaka Kidul.27Umaté banjur diparingi manukpresasat udan, cacahé kaya wedhinésegara.28Ditibakaké ing tengahé perkémahanlan ing sakiwa-tengené kémahé.

Page 180: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 78.29–37 17929Banjur padha mangan ngantisawaregé, merga padha ngujapepénginané.30Nalika durung padha marem enggonémangan, lan pangané isih ana ingcangkemé,31paukumané Allah mulad-mulad,nyerang wong-wong mau, nganti matènipara pemimpin lan para nonoman Israèl.32Éwasemono durung padha kapokolèhé gawé dosa, lan nerusaké enggonéora precaya marang pakaryané Allahkang élok.33Mulané uripé digawé tanpa gunadéning Allah, lan selawasé ora ngalamitentrem.34Samasa dianani pepati déning Allah,padha éling marang Panjenengané,banjur padha mratobat lan ngungsimarang Allah.35Padha éling yèn Allah ikupengayomané, lan yèn Kang Mahaluhuriku Juru Slameté.36Nanging tumindaké mau éthok-éthok,lan tembung sing diucapaké kuwi goroh.37Merga atiné ora madhep marangAllah, lan iya ora setya marangprejanjiané Allah.

Page 181: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 78.38–45 18038Éwasemono Pangéran kersa melasi,kaluputané diapura lan umaté oraditumpes. Allah ora nuruti dukané, lanpaukumané ora diluntakaké kabèh.39Panjenengané kersa ngèngeti yènmanungsa kuwi mung daging, lan mungnapas sing metu lan ora bali menèh.40Para leluhur kerep padha mbangkangmarang Allah ana ing ara-ara samun,lan gawé gerahing galihé ana ing segarawedhi.41Padha nyoba marang Allah lan gawédukané galihé Kang Mahasuci, AllahéIsraèl.42Padha ora éling marang kwasanéPangéran nalika padha diuwalaké sakatanganing mungsuh,43nalika Panjenengané gawé kaélokaning tanah Mesir, lan mujijat-mujijaté anaing daérah Zoan.44Banyuné kali-kali lan kalèn-kalèndiwalik dadi getih, nganti ora kenadiombé.45Panjenengané nekakaké laler cathakganas, lan kodhok-kodhok kang gawérusak.

Page 182: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 78.46–53 18146Tandurané wong Mesir kadadèkakémangsané uler, lan asiling kangèlanédidadèkaké pangané walang.47Wité anggur dipatèni srana udanwatu, lan wité ara dipatèni nganggo bunupas.48Raja-kayané ditumpes srana udan ès,lan pepanthaning kéwané sirna disamberbledhèg.49Paukumané kang nggegirisidiesokaké, bramantya, deduka sartakarubedan, apa déné wadyabalamalaékat teka nggawa bilai.50Paukumané diumbar makantar-kantar, lan nyawané wong-wongmau ditégakaké ngalami mati, malahdiulungaké marang pageblug.51Anaké pembarep wong Mesirdipatèni kabèh, mangka kuwi sing dadiandel-andelé brayaté.52Umaté diirid metu kaya wedhus,digiring kaya pepanthan ing ara-arasamun.53Padha dituntun kanthi tentrem,mula padha ora kwatir, mangka paramungsuhé diklelepaké ana ing segara.

Page 183: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 78.54–61 18254Umaté diirid menyang tanah suci,yakuwi tanah pegunungan iki, kangdirebat déning astané Kang Kwasa.55Para bangsa kapir padha ditundhungsaka ing kono. Tanahé diedum-edummarang bangsa Israèl, umaté daditanah pusaka, diukur nganggo talilan didhawuhi ngenggoni minangkapomahané umaté.56Nanging bangsa Israèl padhambrontak marang Allah, lan padhanyoba Panjenengané; dhawuhé padhaora dièstokaké.57Padha nyingkur Panjenengané, lankaya para leluhuré, padha ora setya,padha nylèwèng kaya lakuné panah kanglepas saka gendhéwa kang ala.58Padha gawé sekeling galihé, mergapadha kekutug ing gunung-gunung, langawé bentèring galihé srana reca-recané.59Pirsa sing mengkono mau Allah dukabanget, mula wong Israèl ditampikbabar-pisan.60Pedalemané ing Silo, kémah singdidalemi ana ing antarané manungsa,ditilar.61Panjenengané marengaké PethinéPrejanjian diobong déning mungsuh,

Page 184: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 78.62–70 183

mangka kuwi pretandhaning pangwasalan kamulyané.62Panjenengané duka marang umaté,mulané padha ditégakaké dipatènidéning mungsuhé.63Para nonomané padha mati ingpeprangan, lan prawan-prawané padhaora ana sing ngepèk bojo.64Para imam padha mati déningpedhang, lan randhané ora bisa nangisi.65Wekasané Pangéran banjur kayawungu saka anggoné saré; kaya prewirakang bingar merga anggoné ngombéanggur.66Mungsuhé banjur digawé mundur,digawé wirang ing selawasé.67Taleré Yusuf nuli ditampik, lan taleréÉfraim ora dipilih.68Sing dipilih taler Yéhuda, GunungSion sing dikasihi.69Panjenengané yasa pasucèn, kangdhuwuré presasat gunung kang dhuwurdhéwé, pondhasiné sentosa kaya bumi,aman ing selawasé.70Panjenengané milih Dawud, abdiné,dipundhut saka pangonan,

Page 185: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 78.71–79.5 18471nalika lagi angon wedhusé,didadèkaké raja ing Israèl, dadipangoning umaté Allah.72Olèhé angon kalawan tulusing ati lantanpa pamrih, sarta kalawan pangrèhkang wicaksana.

791Masmur anggitané Asaf. DhuhAllah, bangsa-bangsa manca

sampun sami mlebet dhateng tanahkagungan Paduka, lan sami najisakenpedaleman Paduka ingkang suci;Yérusalèm sampun dados jugrugan.2 Jisimipun para abdi Paduka, dipundadosaken tedhaning peksi-peksi ingawang-awang; dagingipun para kekasihPaduka kasukakaken kéwan ing ara-ara.3Rahipun umat Paduka dipunwutahaken mlabar kados toya, ingsakiwa-tengenipun Yérusalèm, sartamboten wonten ingkang ngubur.4Kawula sami dipun poyoki déningtangga tepalih kawula, dipun wadani landipun awon-awon déning tiyang-tiyangsakiwa-tengen kawula.5Dhuh Allah, ngantos pinten laminipunanggèn kawula nandhang paukumanPaduka, lan ketaman déning bentèringgalih Paduka?

Page 186: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 79.6–11 1856Paukuman Paduka mugi kaesoknadhateng para umat ingkang mbotennganggep dhateng Paduka, inggihdhateng sakathahing negari ingkangmboten sami nyembah dhateng Paduka.7Margi sampun sami mejahiumat Paduka, sarta ngrisak balé-pémahanipun.8Dosanipun leluhur kawula sampunngantos katempahaken dhateng kawula,kawula mugi énggal Paduka welasi,margi kawula sampun mboten kiyat.9Dhuh Allah, mugi kawula sami Padukapitulungi, krana saking kaluhuraningasma Paduka; mugi kawula kaluwarana,saha Paduka apunten dosa kawula kranasaking asma Paduka.10Kénging menapa tiyang kapir menikangantos sami mungel mekaten, "Allahéwong kuwi ana ing ngendi?" Mugi rahipunpara abdi Paduka ingkang kawutahakenkawalesna ing ngajeng kawula, supadosbangsa-bangsa menika sami sumerepa.11Pesambatipun tiyang tawanan mugiPaduka piyarsakaken. Mugi kersa paringgesang dhateng tiyang-tiyang ingkangkaancam badhé dipun pejahi srana astaPaduka ingkang kwasa.

Page 187: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 79.12–80.3 18612Bangsa ingkang manggèn ingsakubeng kawula mugi samikadhawahana piwales tikel pitu,margi enggènipun ngawon-awondhateng Paduka.13Dhuh Pangéran, kawula umatPaduka, inggih ménda ngèn-ngènanPaduka, badhé sami memuji dhumatengPaduka ing selaminipun. KaluhuranPaduka badhé kawula cariyosakenturun-temurun.

801Masmur anggitané Asaf kanggopemimpin penyanyi. Laguné kaya

kidung: Kembang Bakung. (80-2) DhuhPangéran, Pangènipun bangsa Israèl,mugi miyarsakaken, Paduka ingkangnggiring turunipun Yusuf kados ménda!Paduka ingkang nitih kerub, mugi kersangetingalaken cahya Paduka2 (80-3) wonten ing ngajengipun Éfraimlan Bènyamin saha Manasyè! Mugi kersangetingalaken pangwasa Paduka, sahamitulungi kawula.3 (80-4) Dhuh Allah, kawula mugiPaduka pulihaken. Mugi Padukangetingalaken sih-kadarman Paduka,temah kawula badhé sami wilujeng.

Page 188: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 80.4–10 1874 (80-5) Dhuh Allah, Ratuning jagad,ngantos pinten laminipun pandonganipunumat Paduka anggènipun kacegahdéning paukuman Paduka?5 (80-6) Para umat sami Paduka paringinedha roti kaworan luh, sarta Padukaombèni luh ngantos lubèr-lubèr.6 (80-7) Bangsa-bangsa sakubengkawula sami perang rebatan ndarbèkinegari kawula. Bangsa-bangsa menikasami moyoki kawula.7 (80-8) Dhuh Allah, Ratunipun jagad,kawula mugi Paduka pulihaken; mugingetingalaken sih-kadarman Paduka,murih kawula sami wilujeng.8 (80-9) Kala rumiyin Paduka ngastawit anggur saking tanah Mesir, bangsa-bangsa ing ngriki Paduka tundhung,tanahipun lajeng Paduka tanemi witanggur wau.9 (80-10) Sitinipun Paduka cawisaken,oyodipun nancep lebet ing siti, milaenggènipun ngrembaka ngebaki negari.10 (80-11) Ronipun ngantos ngéyubiredi-redi, carang-carangipun ngantossami mrambat dhateng wit arèskagunganipun Allah.

Page 189: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 80.11–18 18811 (80-12) Oyoding pangipun ngantosdumugi ing Seganten Tengah, sartalungipun ngantos dumugi BengawanÉfrat.12 (80-13) Kénging menapa pageripunPaduka jugrugaken, ngantos sabentiyang ingkang langkung ngrampasi?13 (80-14) Andhapan sami nggangsiri,lan kéwan ing ara-ara sami nyengguti.14 (80-15) Dhuh Allah, Ratuning jagad,Paduka mugi kersa wangsul, kersamirsani saking swarga, saha nggalihdhateng wit anggur menika!15 (80-16) Mugi Paduka tuwèni, wittanemané asta Paduka ingkang sampundados ageng menika.16 (80-17) Wit menika dipun besmilan dipun babad déning mengsah;mugi mengsah menika Paduka dhawahipaukuman sarta Paduka tumpes!17 (80-18) Umat ingkang sampunPaduka pilih menika mugi Paduka reksa;bangsa menika sampun Paduka rimatingantos kiyat.18 (80-19) Mila kawula badhé mbotensami murtad dhateng Paduka malih.Kawula sami kalestantunaken gesang

Page 190: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 80.19–81.6 189

supados kawula sami ngluhuraken asmaPaduka.19 (80-20) Dhuh Allah, IngkangMahakwasa, mugi ngetingalaken sih-kawelasan Paduka, murih kawula samimanggih wilujeng.

811Anggitané Asaf kanggopemimpin penyanyi. Kaya laguné

kidung: Gitit. (81-2) Padha surak-surakakagem Allah, kekuwatan kita, padhabungah-bungaha kagem Allahé Yakub.2 (81-3) Padha memujia nganggomasmur, dibarengi nabuh terbang karoclempung kang laras laguné, lan karoslukat.3 (81-4) Ngunèkna slomprèt ing tanggalsepisan, lan ing wulan purnama, ing dinariaya kita.4 (81-5) Sebab kuwi wis dadi prenataning Israèl, wis ditetepaké dadi peraturandéning Allahé Yakub.5 (81-6) Lan dadi dhedhawuhan kanggoumaté, nalika Panjenengané nggebagtanah Mesir. Aku krungu swara sing oradakkenal, dhawuhé mengkéné,6 (81-7) "Momotané wis Dakangkatsaka pundhaké, kranjang lan pikulanéwis Dakkon nyèlèhaké.

Page 191: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 81.7–13 1907 (81-8) Sajroning karubedankowé padha sesambat, mula banjurDakluwari. Panyuwunmu Daksembadani,Dakwangsuli saka pandhelikan-Ku ingsamburiné gludhug. Kowé wis Dakcobaing sapinggiring sendhang Mériba.8 (81-9) Hé umat-Ku, padhangrungokna, Aku arep ngélingakémarang kowé. Hé Israèl, dhawuh-Kupadha éstokna.9 (81-10) Ing tengahmu aja ana allahliya, kowé aja nyembah allah, sing duduallahmu.10 (81-11) Mung Aku iki Pangéran,Allahmu, kang ngentasaké kowé sakatanah Mesir. Mangapa sing amba, nulibakal Dakleboni pangan nganti kowéwareg.11 (81-12) Nanging umat-Ku orangrungokaké dhawuh-Ku, sarta Israèlwegah ngéstokaké dhawuh-Ku.12 (81-13) Banjur Dakuja supayanglakoni karepé atiné kang wangkot;karebèn padha nindakaké apa singdirancang manut karepé dhéwé!13 (81-14) Hé umat-Ku, padhangrungokna tembung-Ku. Hé Israèl,padha uripa manut pituduh-Ku.

Page 192: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 81.14–82.5 19114 (81-15) Mungsuhmu sanalikabakal Daktelukaké, sarta bakal padhangrasakaké antebé tangan-Ku.15 (81-16) Wong sing sengit marangPangéran, bakal padha sujud ingngarsané, mengkono bakal nasibé ingselawasé.16 (81-17) Nanging umat-Ku bakalDakparingi mangan gandum sing becikdhéwé, sarta madu saka watu karang,nganti sawaregé."

821Masmur anggitané Asaf. Allahmimpin rapaté para allah,m

ndhawahaké putusané ing tengahé paraallah,2pangandikané, "Nganti pira lawaséanggonmu ngadili sewenang-wenang,lan ngéloni wong duraka?3Kowé padha nindakna keadilanmarang wong miskin lan bocah lola,wong sing disiya-siya lan wong mlaratbélanen wewenangé.4Mitulungana marang wong cilik lanwong papa, luwarana saka tanganéwong duraka!"5Kebangeten temen bodhomu, dénéora ngerti apa-apa. Kaananmu bobrok

mpara allah: para hakim.

Page 193: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 82.6–83.4 192

temen, lan ing bumi wis ora anakeadilan.6Aku wis dhawuh mengkéné,"Kowé kabèh iku allah, putrané KangMahaluhur!7Nanging kowé bakal padha mati,ora béda karo wong akèh, kowé bakalmungkasi uripmu kaya para penggedhéliyané."8Dhuh Allah, Paduka mugi jumenengngadili tiyang salumahing bumi,awit sakathahing para umat menikakagungan Paduka.

831Kidung masmur anggitané Asaf.(83-2) Dhuh Allah, Paduka mugi

sampun kèndel kémawon, namungthenguk-thenguk tanpa kumecap.2 (83-3) Sebab para mengsah Padukasami mbrontak, ingkang sami sengitdhateng Paduka sami gemedhé.3 (83-4) Sami ngrancang badhé damelpiawon dhateng umat Paduka, lan samisarembag nglawan dhateng ingkangPaduka ayomi.4 (83-5) Wicantenipun, "Ayo padhaditumpes, disirnakaké saka antaranépara bangsa, supaya jenengé Israèl oradisebut menèh!"

Page 194: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 83.5–13 1935 (83-6) Saèstu sampun sami rembaganlan saiyeg ngawontenaken prejanjiannglawan dhateng Paduka.6 (83-7) Tiyang Édom lan tiyang Ismaèl,tiyang Moab lan tiyang Hagar.7 (83-8) Tiyang Gebal, Amon lan tiyangAmalèk, tiyang Filistéa lan tiyang Tirus.8 (83-9) Semanten ugi tiyang Asyursedaya sampun ngempal dadossetunggal, ambiyantu bani Lot.9 (83-10) Sedaya menika mugi samikadamela kados bangsa Midian,kados Siséra, kados Yabin wonten ingpinggiripun Lèpèn Kison,10 (83-11) ingkang sampunkasirnakaken ing Èn-Dhor, dadosrabuking siti.11 (83-12) Para pengagengipun mugikadamela kados Orèb lan Zeèb, kadosZébah lan Salmuna,12 (83-13) kadamela mekaten sedayapengagengipun ingkang mungel, "Payokita padha ngenggoni PedalemanéAllah!"13 (83-14) Dhuh Allah, kawula, tiyangmenika sami Paduka awut-awut kadosbledug, kados mrambut kabur ing angin.

Page 195: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 83.14–84.2 19414 (83-15) Kados latu ingkang mbesmiwana, kados pangalad-alading latuingkang mbesmi paredèn.15 (83-16) Lajeng sami kasirepa déningprahara, lan kadadosna giris déninglésus Paduka.16 (83-17) Sami nandhanga wirang lankanisthan, dhuh Allah, supados samingupadosana asma Paduka.17 (83-18) Sami nandhanga wiranglan ajrih ing selaminipun, inggihsami nandhanga kwirangan ngantossasirnanipun.18 (83-19) Supados sami sumerepabilih Paduka menika ingkang asma Allah,saha namung Paduka piyambak ingkangkwaos ing salumahing bumi.

841Masmur anggitané bani Korakh,kanggo pemimpin penyanyi. Kaya

laguné kidung: Gitit, dibarengi nganggouniné clempung. (84-2) Dhuh AllahRatuning jagad, saiba kesengsemingmanah kawula dhateng PedalemanPaduka.2 (84-3) Nyawa kawula ngengleng margisaking kangen dhateng PlataranipunAllah. Raga lan sukma kawula kalayan

Page 196: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 84.3–8 195

bingah sami ngajeng-ajeng dhatengAllah ingkang gesang.3 (84-4) Peksi gréja kémawon samidamel susuh ing Pedaleman Paduka,peksi kedhali sami gadhah panggènankanggé nyèlèhaken anakipun, celakkaliyan mesbèh Paduka, dhuh Allah,Ratuning jagad, inggih Ratu kawula lanAllah kawula.4 (84-5) Rahayu tiyang ingkangmanggèn wonten ing Pedaleman Paduka,lan tansah ngluhuraken Paduka.5 (84-6) Rahayu tiyang ingkang nampikekiyatan saking Paduka, ingkang samikepéngin jiarah dhateng Gunung Sion.6 (84-7) Samasa lampahipun dumugiLembah Baka, lembah wau dados kadossiti ingkang kebak tuk, inggih kadosjawah kawitan ing mangsa rendheng,ingkang mbekta berkah.7 (84-8) Lampahipun saya dangu sayarosa, ngantos dumugi ing Sion; sedayalajeng sami sowan ing ngarsanipunAllah.8 (84-9) Dhuh Allah, Allahé langit lanbumi, mugi miyarsakaken pandongakawula; mugi nilingaken, dhuh AllahipunYakub!

Page 197: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 84.9–85.2 1969 (84-10) Dhuh Allah, tetamèng kawula,Paduka mugi kersa mirsani pasemonipunraja ingkang Paduka jebadi!10 (84-11) Saèstunipun manungsasedinten kémawon wonten ing PlataranPaduka, menika langkung sekécaketimbang kaliyan sèwu dinten wontening panggènan sanès. Langkung sekécatengga kori ing Pedalemanipun Allahkawula, ketimbang kaliyan manggènwonten griyanipun tiyang duraka.11 (84-12) Gusti Allah iku tetamènglan kaluhuranku, Panjenengané kangparing sih-rahmat lan kamulyan. Wongkang lakuné kalawan temen mesthikaparingan samubarang kang becik.12 (84-13) Dhuh Allah, Ratuningjagad, rahayu tiyang ingkang pitadosdhumateng Paduka.

851Masmur anggitané Korakh,kanggo pemimpin penyanyi.

(85-2) Dhuh Allah, Paduka sampunmaringaken sih-palimirma dhatengnegari menika, sarta kawontenanipunYakub sampun Paduka pulihaken.2 (85-3) Panerakipun umat Padukasampun Paduka apunten, dosanipunsedaya sampun Paduka aling-alingi.

Page 198: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 85.3–8 1973 (85-4) Bentèring penggalih Padukasampun Paduka sirep. Paukuman Padukaingkang mulad-mulad sampun Padukalilihaken.4 (85-5) Dhuh Allah ingkang mengkukabegjan kawula, kawula mugisami Paduka pulihaken, saha mugingèndelaken gerahing penggalih Padukadhumateng kawula.5 (85-6) Menapa kawula badhé Padukaukum ing selaminipun, gerahingpenggalih Paduka menapa badhékalajengaken ngantos turun-temurun?6 (85-7) Paduka menapa mboten kersangiyataken kawula malih, supados umatPaduka sageda bingah awit sakingPaduka?7 (85-8) Dhuh Allah, kawula mugi samiPaduka tedahi sih-kamirahan Paduka,sarta mugi kaparingan pitulunganPaduka.8 (85-9) Dakrungokaké apa kang dadipangandikané Pangéran, Panjenenganéprejanji maringi tentrem-rahayu marangkita, umat kagungané, lan marang wongkang padha dikasihi, supaya aja padhabali kesasar menèh.

Page 199: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 85.9–86.3 1989 (85-10) Satemené pitulunganéPangéran marang wong kang nyaosipangabekti kuwi cepak, supaya tanahkita kaparingan kabegjan saka ngarsané.10 (85-11) Katresnan lan kasetyanbakal mlaku bebarengan, keadilan lantentrem-rahayu bakal gathuk.11 (85-12) Wong ing bumi bakalnduwèni kasetyan, sarta keadilan bakalnjangkung saka swarga.12 (85-13) Allah bakal maringakésamubarang kang becik, sartapalemahan kita bakal metu hasilé.13 (85-14) Kabeneran bakal ndhisikitindaké Allah, lan ngrata dalan sing arepdiambah.

861Pandonga anggitané Dawud.Paduka mugi kersa nilingaken

saha nyembadani panyuwun kawula,margi kawula nandhang sangsara lankekirangan.2Nyawa kawula mugi Paduka reksa,margi kawula menika kekasih Paduka.Kawula mugi Paduka pitulungi, margikang abdi pitados dhateng Paduka.3Paduka menika Allah kawula, kawulamugi Paduka welasi, sebab sedintenmuput Paduka ingkang kawula sambati.

Page 200: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 86.4–10 1994Mugi kersa mbingahaken manahipunabdi Paduka, dhuh Pangéran, sebabdhateng Paduka kawula ngunjukakenpandonga kawula.5Sebab Paduka, dhuh Allah, Padukarena lan kersa ngapunten, sih-pitulunganPaduka menika lubèr dhateng sedayatiyang ingkang sesambat dhatengPaduka.6Dhuh Allah, mugi kersa nilingakenpandonga kawula, lan miyarsakakenswantening panyuwun kawula.7 Ing dinten karibedan, kawulanyenyuwun dhateng Paduka, sebabPaduka njurungi panyuwun kawula.8Dhuh Allah, mboten wonten allahingkang nyamèni Paduka, lan mbotenwonten ingkang makarya kados ingkangPaduka tindakaken.9Dhuh Pangéran, sakathahipun paraumat ingkang Paduka titahaken, badhésami sowan sujud wonten ing ngarsaPaduka, sarta nyaosi urmat dhumatengPaduka.10Sebab Paduka menika Mahaluhur,ingkang nindakaken kaélokan, inggihnamung Paduka piyambak, dhuh Allah.

Page 201: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 86.11–16 20011Dhuh Allah, kawula mugi Padukatedahi margi Paduka, supados lampahkawula leres lan manuta ing pangrèhPaduka; mugi pengangen-angen kawulasawetahipun mindengn ing pangabektidhateng Paduka.12Dhuh Pangéran, Allah kawula, Padukabadhé kawula puji kalawan gumolongingmanah, saha asma Paduka badhé kawulaluhuraken ing selaminipun.13Margi agung sih-kadarman Padukadhateng kawula, sarta kawula sampunPaduka entasaken saking panggènanipuntiyang pejah ingkang lebet piyambak.14Dhuh Allah, tiyang-tiyang angkuhsami ngroyok kawula, lan grombolanipuntiyang ambek siya sami kepéngin mejahikawula, sami kesupèn dhateng Paduka.15Nanging, dhuh Allah, Paduka menika,Allah ingkang welasan, asih lan sabar.16Paduka mirsanana kawula kanthikawelasan, abdi Paduka mugikaparingana kekiyatan Paduka,margi kawula ngabdi dhateng Paduka,kados biyung kawula ngabdi dhatengPaduka.

nmindeng: tekun (bhs. Ind.).

Page 202: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 86.17–87.6 20117Dhuh Allah, kawula mugi kaparinganapretandhaning kasaénan Paduka,supados tiyang ingkang sami sengitdhateng kawula sami kisinan, margiPaduka sampun mitulungi kawula sahanglipur dhateng kawula.

871Masmur anggitané bani Korakh.Allah mbangun kuthané ana ing

gunung suci;2Allah ngasihi kutha Yérusalèm,ngungkuli kutha-kutha Israèl liyané.3Hé kuthané Allah, akèh prekara-prekara becik sing misuwur ana ingtengahmu.4Aku nyebut Mesir lan Babil ingantarané wong-wong kang padhanganggep marang Aku. Semono ugaFilistéa, Tirus lan Étiopia iku lairé padhaana ing Sion.5Mungguh Sion, bakal kawartakaké;sakèhé bangsa iku asalé saka Sion, lanPanjenengané, Kang Mahaluhur, iku kanggawé sentosané bangsa-bangsa mau.6Gusti Allah nyathet sakèhé bangsa-bangsa lan kabèh kepétung dadi warganéYérusalèm.

Page 203: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 87.7–88.5 2027Kabèh bakal padha memuji lanjejogèdan karo muni mengkéné, "Sionkuwi etuking sakèhing berkah kita."

881Kidung masmur anggitanébani Korakh, kanggo pemimpin

penyanyi. Laguné kaya: MakhalatLéanot. Kidung piwulangé Héman, wongÉzrahi. (88-2) Dhuh Allah, Juru Wilujengkawula, kawula sesambat dhatengPaduka sedinten muput. Ing wanci dalukawula sowan ing ngarsa Paduka.2 (88-3) Pandonga kawula mugi Padukapiyarsakaken, pesambat kawula nyuwuntulung mugi Paduka tilingaken.3 (88-4) Kasisahan kawula sampunmatumpuk-tumpuk, lan kawula sampuncelak kaliyan ajal kawula.4 (88-5) Kawula kaanggep kados tiyangingkang sampun badhé mlebet ingluwenging kubur, daya kekiyatan kawulasampun telas.5 (88-6) Kawula badhé manggèning antawisipun tiyang kathah, aworkaliyan tiyang-tiyang ingkang pejah ingpeprangan, inggih tiyang-tiyang ingkangsampun mboten Paduka èngeti malih,ingkang kapethal saking pitulunganPaduka.

Page 204: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 88.6–12 2036 (88-7) Kawula sampun Padukasèlèhaken wonten ing dhasaripunkuburan ing telenging pepeteng.7 (88-8) Paduka sampun nindhihikawula srana paukuman Paduka,ngantos kawula kagiles déning alunipun.8 (88-9) Tiyang-tiyang ingkang tepangkaliyan kawula sampun sami Padukatebihaken saking kawula, margi sampunsami éwa dhateng kawula. Kawulakatutup ngantos mboten saged oncat.9 (88-10) Mripat kawula pendul déningtangising kasangsaran, dhuh Allah,saben dinten kawula sesambat dhatengPaduka, sarta ngegaraken tangankawula, ndedonga.10 (88-11) Paduka menapa badhénindakaken kaélokan kanggé tiyangpejah? Tiyang pejah menapa badhé tangisarta memuji dhateng Paduka?11 (88-12) Sih Paduka menapa badhékacariyosaken wonten ing kubur?Kasetyan Paduka menapa badhékawartosaken ing papaning karisakan?12 (88-13) Kaélokaning pangwasaPaduka menapa badhé kasumerepanwonten ing pepetenging pejah, lan

Page 205: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 88.13–89.1 204

kesaénan Paduka wonten ing alamipuntiyang ingkang sami kasupèkaken?13 (88-14) Nanging tumraping kawula,dhuh Allah, kawula badhé sesambatdhateng Paduka, lan saben énjingkawula ngunjukaken pandonga dhatengPaduka.14 (88-15) Dhuh Allah, kénging menapakawula Paduka tampik, sarta Padukasingkur?15 (88-16) Wiwit alit mila kawulanandhang sangsara ngantos badhépejah; kawula semplah margingraosaken awrating paukuman Paduka.16 (88-17) Bentèring paukuman Padukambrongot kawula, ngantos kawularemuk margi déning ajrih dhatengPaduka.17 (88-18) Menika sedaya ngepangkawula sedinten muput kados toyaningbanjir, ngantos kawula mboten sagedoncat.18 (88-19) Kanca-kanca kawula ingkangcelak, Paduka tebihaken saking kawula,namung pepeteng ingkang ngancanikawula.

891Kidung isi piwulang anggitanéÉtan wong Ézrahi. (89-2) Dhuh

Page 206: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 89.2–8 205

Allah, sih-kawelasan Paduka badhékawula kidungaken ing selaminipun,kasetyan Paduka badhé kawulacariyosaken tanpa kendhat.2 (89-3) Sih Paduka menika langgenging selaminipun, lan kasetyan Padukamenika tetep kados langit.3 (89-4) Paduka ngandika, "Aku damelprejanjian karo pilihan-Ku; Aku wissupaos marang abdi-Ku Dawud:4 (89-5) ‘Anak-turunmu selawasébakal dadi raja; kratonmu bakal madegselawas-lawasé.’"5 (89-6) Dhuh Allah, swargangluhuraken kaélokanipun pangwasaPaduka, sarta kasetyan Paduka pinuji-puji ing satengahing pasamuwanipunpara suci.6 (89-7) Ing langit sapa sing ngimbangAllah, ing swarga sapa sing madhaniPanjenengané?7 (89-8) Ing kalangané para suci, Allahkang diurmati lan diajrihi ngungkulisakèhé para kang ngiring Panjenengané.8 (89-9) Dhuh Allah, Allahipun langit lanbumi, sinten ingkang nyamèni Paduka?Paduka menika Mahakwasa, lan setyaing sedhéngah prekawis.

Page 207: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 89.9–15 2069 (89-10) Samodra ingkang ngédab-édabi menika Paduka ingkang ngerèh,samasa ombakipun mumbul, inggihPaduka ingkang ngedhakaken.10 (89-11) Rahab ingkang nggegirisisampun Paduka remuk ngantos setengahpejah, kalayan asta ingkang rosa Padukasampun mbuyaraken mengsah Paduka.11 (89-12) Langit menika kagunganPaduka, mekaten ugi bumi, jagad lansaisènipun menika Paduka ingkangnalesi.12 (89-13) Lèr kaliyan Kidul Padukaingkang nitahaken, Gunung Tabor lanGunung Hèrmon sami memuji asmaPaduka.13 (89-14) Iba agenging pangwaosPaduka! Kekiyatan Paduka èstungédab-édabi.14 (89-15) Pangrèh Paduka menikakadhasaran kaleresan lan keadilan,katresnan lan kasetyan tansah ketingaling sedaya pendamel Paduka.15 (89-16) Begja bangsa ingkangngabekti dhateng Paduka mawikekidungan, ingkang sami gesangwonten ing cahyaning wedanao Paduka.

owedana: pasuryan. (Tembungipun limrah: rai).

Page 208: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 89.16–22 20716 (89-17) Sami bingah-bingah sedintenmuput margi saking kesaénan ingkangPaduka paringaken.17 (89-18) Paduka sampun paringkemenangan ageng, lan sih Padukadamel rosa kawula.18 (89-19) Dhuh Allah, tetamèngkawula menika kagungan Paduka, lanratu kawula menika peparing Paduka,Ingkang Mahasuci.19 (89-20) Kala rumiyin Paduka naténgandika srana wahyu dhateng tiyangingkang Paduka kasihi, "Aku wis paringdhamparé keprabon marang sawijiningwong prewira, wong pilihan, kangDakjunjung saka ing antarané wongsabangsa.20 (89-21) Dawud abdi-Ku wisDakdadèkaké raja, Dakjebadi nganggolenga pilihan-Ku.21 (89-22) Wong kuwi bakal tansahDakreksa srana kekuwatan-Ku, asta-Kubakal damel kuwat sentosané.22 (89-23) Dhèwèké bakal oradikalahaké déning mungsuh, lan wongduraka ora bakal bisa nelukaké dhèwèké.

Page 209: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 89.23–31 20823 (89-24) Mungsuhé bakal Dakremukana ing ngarepé, lan wong sing sengitmarang dhèwèké bakal Dakpatèni.24 (89-25) Sih lan kasetyan bakalnunggil karo wong mau, lan bakal tansahDakparingi kemenangan.25 (89-26) Kratoné bakalDakjembaraké, saka Segara Tengahtekan Bengawan Éfrat.26 (89-27) Wong mau bakal nyebutAku mengkéné, ‘Paduka menika Ramakawula, Allah saha bètèngé kawilujengankawula.’27 (89-28) Dhèwèké bakal Dakangkatdadi putra-Ku mbarep, lan ratu singluhur dhéwé ing antarané para ratu.28 (89-29) Janjian-Ku karo wong kuwibakal Daktetepi lan janji-Ku mau bakallanggeng ing selawasé.29 (89-30) Kratoné bakal madeg ingselawasé, anak-turuné mesthi ana singdadi raja.30 (89-31) Nanging menawa anak-turuné nyingkur Aku, lan ora mbangun-turut marang Aku,31 (89-32) menawa padha nglanggardhawuh-Ku, lan ora netepi prenatan-Ku,

Page 210: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 89.32–39 20932 (89-33) bakal padha Dakwalesnganggo gitik lan durakané Daksiksasrana paukuman.33 (89-34) Nanging sih-kamirahan-Kubakal ora Daksingkiraké saka wong mau,lan sih-kasetyan-Ku bakal ora Daksélaki.34 (89-35) Prejanjian-Ku bakal oraDakbubrah, lan apa kang miyos sakatutuk-Ku bakal ora Dakéwahi.35 (89-36) Sepisan Aku wis supaosdemi kasucèn-Ku, mesthi Aku ora gorohmarang Dawud.36 (89-37) Anak-turuné bakal oraentèk-entèk, lan dhamparé bakal anaing ngarsa-Ku kaya srengéngé.37 (89-38) Kaya rembulan kangselawasé ana, dadi seksi ing langit singsetya tuhu."38 (89-39) Nanging Paduka nampikdhateng ratu ingkang Paduka pilihpiyambak; piyambakipun Paduka tilarlan Paduka singkur.39 (89-40) Prejanjian Paduka kaliyanpiyambakipun Paduka bibrah;makuthanipun Paduka bucal inglendhut.

Page 211: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 89.40–47 21040 (89-41) Témbok-témboké kithanipunPaduka rebahaken, bètèng-bètèngipunPaduka jugrugaken.41 (89-42) Tiyang ingkang langkungsami mendheti barang-darbèkipun;piyambakipun dados pepoyokaningtangga-tepalihipun.42 (89-43) Para satrunipun Padukaparingi kemenangan, sakathahingmengsahipun sami Paduka dadosakenbingah.43 (89-44) Dedamelipun Paduka dameltanpa gina, lan piyambakipun Padukatégakaken kawon perang.44 (89-45) Kaluhuranipun Padukadamel surem, lan dhamparipun Padukarebahaken.45 (89-46) Umuripun Paduka damelcekak, lan Paduka kemuli sranakanisthan.46 (89-47) Dhuh Allah, ngantos pintenlaminipun enggèn Paduka wonten ingpandhelikan? Sarta paukuman Padukaenggènipun murub kados latu?47 (89-48) Paduka mugi ènget, gesangkawula menika sepinten dangunipun,menapa tanpa damel enggèn Padukanitahaken sakathahing manungsa?

Page 212: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 89.48–90.2 21148 (89-49) Menapa wonten tiyanggesang ingkang mboten badhé ngalamipejah? Utawi sinten ingkang sagednguwalaken nyawanipun saking kubur?49 (89-50) Dhuh Pangéran, pundibuktinipun sih-kadarman Paduka kalasemanten? Ingkang Paduka janjèkakenkalayan supaos dhateng Dawud, demikasetyan Paduka?50 (89-51) Dhuh Pangéran, Padukamugi ngèngeti abdi Paduka anggènipundipun poyoki, lan kawirangan ingkangkawula sandhang saking para bangsa.51 (89-52) Dhuh Allah, para mengsahPaduka sami nyenyamah ratu ingkangPaduka jebadi; panjenenganipundipun poyoki dhateng pundi kémawonpurugipun.52 (89-53) Pinujia Allah, langgengselawasé! Amin!

901Pandongané Musa, abdiné Allah.Dhuh Allah, Paduka menika dados

pangungsèn kawula turun-temurun.2Sadèrèngipun redi-redi katitahaken,inggih sadèrèngipun Padukangawontenaken bumi lan alamjembar, wiwit kelanggengan dumugikelanggengan, Paduka jumeneng Allah.

Page 213: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 90.3–10 2123Paduka mangsulaken manungsa dadoslebu, mawi dhawuh, "Hé manungsa,balia!"4Sebab ing ngatasipun paningal Padukasèwu taun sami kaliyan dinten wingiingkang kepengker, utawi kados giliranétiyang jagi ing wanci dalu.5Kawula presasat Paduka kéntirakening toya, umur kawula laminipunpresasat tiyang ngimpi, kados rumputingkang tuwuh,6 ing wanci énjing seger lan ngedalakensekar, ing wanci sonten sampun garing.7Kawula sami sirna margi sakingbebendu Paduka, lan margi ajrih dhatengpaukuman Paduka.8Dosa kawula Paduka bèbèr ing ngarsaPaduka, mekaten ugi piawon kawulaingkang samar, Paduka soroti mawicahyaning wedana Paduka.9Gesang kawula sadinten-dinten dadoscekak, margi saking bentèring penggalihPaduka; taun-taun kawula telas kawulaanggé sesambat.10Laminipun umur kawula nyandhakpitung dasa taun, lan menawi kawulakiyat wolung dasa taun. Mangka namungkathah pakèwed lan kasisahanipun;

Page 214: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 90.11–17 213

umur kawula namung sekedhap, kawulalajeng sirna.11Sinten ingkang kiyat nyanggiampuhing paukuman Paduka? Sinteningkang mboten ajrih dhateng muladingdeduka Paduka?12Kawula mugi Paduka wulang ngétangdinten kawula ing saleresipun, supadossami angsala manah ingkang wicaksana.13Dhuh Pangéran, Paduka mugi kersamangsuli kawula, ngantos mbénjingmenapa, mugi Paduka melasi dhatengpara abdi Paduka.14 Ing wanci énjing kawula mugi samikatuwukan ing sih-kadarman Paduka,ngantos badhé bingah-bingah selamikawula gesang.15Kawula mugi Paduka paringikabingahan ingkang ngimbangi sepintenlaminipun anggèn Paduka ngganjarkaribedan, saha sepinten taun laminipunanggèn kawula nandhang sangsara.16Pakaryan Paduka mugi kasumerepnadhateng para abdi Paduka, sahakaluhuran Paduka ketingala dhatenganak-putunipun.17Sih lan kasetyanipun Allah mugingayomi kawula, saha Paduka mugi

Page 215: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 91.1–7 214

mberkahi pendamelaning tangan kawula,inggih pendamelaning tangan kawulamugi kalestantunna.

911Wong sing ngungsi marangKang Mahaluhur iku manggon ing

pangayomané Kang Mahakwasa.2Wong mau aturé marang Allahmengkéné, "Paduka pangungsèn sahabètèng kawula, Allah ingkang kawulaandelaken."3Pangéran bakal nguwalaké kowé sakabebaya kang ora kokweruhi asalé, lansaka lelara sing mbilaèni.4Kowé bakal dikemuli déning Pangéransrana swiwiné, mula bakal slamet anaing pangreksané. Kasetyané Pangéraniku tamèng lan bètèngmu.5Kowé ora susah kuwatir marangbebaya ing wayah bengi, utawa serangandadakan ing wayah awan.6Ora susah kuwatir marang lelara singteka ing wayah bengi, utawa marangbebaya pati ing wayah soré.7Senajan ing sandhingmu éwon wongsing mati, lan ing tengenmu cacahéleksan pisan, kowé dhéwé bakal oranganti ketaman.

Page 216: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 91.8–92.1 2158Kowé dhéwé mung ngingetaké, caranéwong duraka padha diwales.9Merga Allah iku pangungsènmu, lanKang Mahaluhur iku pengayomanmu.10Kowé bakal ora ketaman ing bilai, lanora ana bebaya kang nyedhaki omahmu.11Merga Pangéran bakal ngutusmalaékaté, padha didhawuhi ngreksamarang kowé ana ing separan-paranmu.12Kowé bakal ditadhahi ing astané,supaya aja nganti kesandhung ing watu.13Singa lan ula bedhudhak bakalkokidak-idak, singa lan ula naga bakalpadha kokiles-iles.14Allah ngandika, "Sarèhné rumaketkaro Aku, mulané bakal Dakpitulungi,bakal Dakreksa, awit padha weruhasma-Ku.15Saben ndedonga marang Aku, bakalDaksembadani, sajroning karubedanAku cedhak karo wong mau.16Malah bakal Dakentasaké sartaDakluhuraké, Dakparingi umur dawa,lan Aku bakal ngétokaké kamirahan-Kumarang wong mau."

921Kidung masmur kanggo ing dinaSabbat. (92-2) Iba bingahipun

tiyang samasa memuji dhateng Allah, lan

Page 217: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 92.2–9 216

saos kidung masmur dhateng Paduka,dhuh Allah, Ingkang Mahaluhur!2 (92-3) Iba saénipun nyriyosakensih-kadarman Paduka ing wanci énjing,tuwin kasetyan Paduka ing wanci dalu,3 (92-4) kaliyan ngungelaken gitar lanslukat, tuwin clempung.4 (92-5) Awit Paduka dhuh Allah,sampun damel bingahing manah kawula,kalayan pakaryan Paduka ingkang élok.Margi saking pendameling asta Padukatiyang sami suka-rena.5 (92-6) Dhuh Allah, iba élokipunpakaryan Paduka, saklangkung lebetpenggalih Paduka.6 (92-7) Tiyang tanpa budi badhémboten mangertos bab menika,sarta tiyang keblinger inggih mbotenngraosaken.7 (92-8) Menawi tiyang durakangambra-ambra kados rumput, tiyangingkang nglampahi piawon tuwuhkalayan subur, menika supados samikatumpes ing selaminipun;8 (92-9) nanging Paduka, dhuh Allah,tetep jumeneng ing selaminipun.9 (92-10) Kawula sami mangertos,bilih mengsah Paduka, inggih tiyang

Page 218: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 92.10–93.1 217

ingkang sami nyatru Paduka, badhé samimanggih karisakan; sakathahing tiyangingkang nglampahi piawon badhé samikabuyaraken.10 (92-11) Nanging kawula badhéPaduka paringi kekiyatan kadosbanthèng jaler, sarta Paduka berkahikalayan kabegjan.11 (92-12) Kawula sumerep satrukawula sami kakawonaken, lan mirengpesambatipun para tiyang duraka.12 (92-13) Wong mursid tuwuhé suburkaya wit kurma, ndrebalap kaya witsédar ing Libanon.13 (92-14) Ngrembuyungé kaya witkang katandur ana ing PedalemanéAllah, tuwuhé kaya ana ing PlataranéAllah.14 (92-15) Tutug umuré tuwa isihngetokaké woh, padha katon seger lankuwat.15 (92-16) Kabèh mau mratélakaké yènAllah iku adil, lan ora ana cacadé.

931Allah jumeneng Raja,Panjenengané ngagem busana

kamulyan, ngagem peningsetq

pndrebala: ngrebda: ngambra-ambra.qpeningset: sabuk..

Page 219: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 93.2–94.4 218

pangwasa. Mulané jagad didhasarikanthi kukuh, lan ora bakal gonjing.2Dhampar Paduka menika sentosawiwit rumiyin mila, Paduka menika tanpawiwitan.3Dhuh Allah, samodra nyuwanten sayasora, swantenipun saya gemuruh.4Pepréntahané Allah luhuré ngungkulijumeguré ombak, ngungkuli gemuruhingalun segara.5Dhuh Allah, dhawuh Paduka menikalanggeng, lan Pedaleman Paduka menikaèstu suci ing selami-laminipun.

941Dhuh Allah ingkangndhawahaken piwales, inggih

Allah ingkang males piawon; mugirawuh.2Dhuh Hakimipun salumahing bumi,mugi kersa jumeneng, mugi ndawahakenpemales dhateng tiyang angkuh.3Ngantos pinten laminipun, dhuhAllah, ngantos pinten dangunipun tiyangduraka sami bingah-bingah?4Sarta wicanten kalayan deksura,r

sarta tiyang ingkang nglampahi piawontansah gemunggung?

rdeksura: kasar, ,kumawantun.

Page 220: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 94.5–13 2195Dhuh Allah, umat Paduka sami dipuniles-iles, bangsa kagungan Paduka dipunaniaya.6Randha lan tiyang ngamanca samidipun pejahi, laré lola sami dipuntindhes.7Kalayan criyos mekaten, "Allah orapirsa lan Allahé Yakub ora menggalih."8Hé bangsaku, koksemono asoringbudimu! Pira lawasé anggonmu bakaldadi pinter?9Allah kang yasa kuping, apa oramiyarsa, kang nitahaké mripat, apa orapirsa?10Allah kang ngajar para umat, apaora bakal ndhawahaké paukuman?Panjenengané kang dadi guruné paramanungsa, apa Panjenengané orakagungan kawruh?11Allah pirsa atiné manungsa,Panjenengané pirsa yèn sing dipikirmanungsa kuwi ora teges.12Dhuh Allah, iba begjanipun tiyangingkang Paduka welèhaken, ingkangPaduka wulang Torèt,13 supados sami ayem ing salebetipunnandhang karibedan, ngantos dumugitiyang duraka kakubur.

Page 221: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 94.14–23 22014Gusti Allah ora négakaké umaté, lanora nilar marang bangsa kagungané.15Keadilan bakal dibalèkaké menèh, lanbakal diturut déning sakèhé wong singatiné temen.16Sapa sing ngréwangi aku nglawanwong sing nganiaya? Sapa sing mbantuaku nglawan wong sing nglakoni piala?17Yèn ajaa dipitulungi déning Allah, akuwis mati.18Nalika tuwuh gagasan kawula, "Akuarep tiba," sih-kasetyan Paduka, dhuhAllah, lajeng nyanggi kawula.19Menawi manah kawula was-was lankuwatos, Paduka nglipur lan nglejarakenmanah kawula.20Paduka mboten nunggil kaliyanhakim ingkang murang susila, ingkangndhoyongaken pengadilan,21 ingkang sami sarujuk ndhatengakenbilai dhateng tiyang mursid, lan ngukumpejah tiyang ingkang mboten lepat.22Nanging Allah mbélani aku,Panjenengané dadi bètèngku kangsentosa.23Panjenengané bakal malesaképiala kang padha dilakoni, lan bakalnyirnakaké wong-wong mau merga

Page 222: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 95.1–7 221

saka penggawéné dhéwé sing ora becik.Pangéran Allah kita bakal numpeswong-wong mau.

951Ayo padha nyaosaké kidungékabungahan marang Allah, padha

memujia marang Bètèng pengayomankita.2Ayo padha methukaké Panjenenganésarta ngluhuraké lan ngidungakémasmur, kanthi bungah, konjuk marangPanjenengané.3Sebab Pangéran iku Allah kang luhur,sarta Raja kang agung, ngungkuli sakèhépara déwa.4Panjenengané mengku salumahingbumi, astané nggayuh jurang singjero dhéwé tekan pucaké gunung singdhuwur dhéwé.5Panjenengané ngerèh segara,damelané astané, semono uga dharatansing dititahaké.6Ayo padha tumungkul sujud, padhajèngkèng ing ngarsané Allah kangnitahaké kita.7Sebab Panjenengané iku Allah kita,kita padha umat ngèn-ngènané, wedhusrèh-rèhané astané. Ing dina iki mugakowé padha ngrungokaké swarané!

Page 223: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 95.8–96.3 2228 "Kowé aja padha nggugu karepmudhéwé kaya dhèk nalika ana ing Mériba,kaya nalika ana ing ara-ara samun ingMasa.9Nalika semono para leluhurmupadha nyoba marang Aku, lan njajalmarang Aku, senajan padha ndelengpakaryan-Ku.10Patang puluh taun lawasé enggon-Kucuwa ing penggalih ing ngatasé umatmau, mulané Aku ngandika, ‘Bangsaiki atiné dhemen nasar, lan padha oraweruh dalan sing Dakkersakaké.’11Mulané Aku wis supaos sajroningpaukuman-Ku, ‘Mesthi padha ora kenamlebu ing tanah sing Dakprasetyakakékanggo pengasoané.’"

961Padha ngidungna kaluhuranéAllah nganggo kidung anyar!

Hé salumahé bumi, padha ngidungnakaluhurané Allah!2Padha ngidungna kaluhurané Allah,padha saosa puji marang asmané.Peparingé katentreman iku wartakna ingsedina-dina.3Padha nyritakna kaluhurané ana ingantarané para bangsa, lan kaélokanéana ing antarané sakèhé para umat.

Page 224: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 96.4–11 2234Awit Allah iku Mahaagung lan pantesdipuji-puji, pantes kinurmatan ngungkulisakèhé para déwa.5Sebab sakèhé déwané para bangsakuwi dudu Allah, nanging Allah singnitahaké langit.6Panjenengané kagungan kamulyan lankaluhuran, prabawa lan kaéndahan anaing pasucèné.7Hé para bangsa, Allah piyambak,ya Panjenengané piyambak kasaosanakamulyan lan pangwasa.8Pangéran saosana kaurmataningasmané, padha nggawaa pisungsung lanmlebua ing platarané!9Padha sujuda marang Allah, nganggosandhangan kasucèn. Padha gemeteraana ing ngarsané, hé salumahé bumikabèh.10Sakèhé bangsa padha kandhanana,"Allah jumeneng Raja! Jagad kadhasarankanthi sentosa, ora bakal gonjing.Panjenengané bakal ngakimi bangsa-bangsa kalawan adil."11Hé langit lan bumi, padha bungaha!Segara lan apa sing ana ing njeronépadha gemuruha.

Page 225: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 96.12–97.7 22412Ara-ara samun padha bungaha,semono uga apa sing ana ing konokabèh. Wit-witan ing alas bakal padhasurak-surak merga bungah.13Merga Panjenengané rawuh arepngakimi bumi. Panjenengané bakalngakimi jagad kalawan adil, lanbangsa-bangsa kalayan kasetyané.

971Gusti Allah jumeneng Ratu! Hébumi, surak-suraka! Hé pulo-pulo,

padha suka-renaa!2Panjenengané kalimputan ingmendhung lan pepeteng; kabeneran lankeadilan dadi dhasaring pepréntahané.3Geni ndhisiki tindaké, ngobongisatruné kabèh.4Bledhègé madhangi sajagad;salumahing bumi ndeleng mula gemeter.5Gunung-gunung padha ajèr presasatmalam ana ing ngarsané Allah, ingngarsané Gustiné salumahing bumi.6Langit mratélakaké keadilané, sartasakèhé para bangsa padha weruhkaluhurané.7Sakèhé wong kang ngabekti marangreca nandhang kwirangan, iya singpadha ngalembana marang brahala.

Page 226: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 97.8–98.1 225

Sakèhé para déwa sujud nyembahmarang Panjenengané.8Umat ing Sion krungu wartané, mulapadha bungah, kutha-kutha ing Yéhudapadha suka-rena, awit saking paukumanPaduka, dhuh Allah.9Déné Paduka menika Allah IngkangMahaluhur, ingkang mengku salumahingbumi; Paduka ngungkuli sakathahingpara déwa.10Hé para wong kang tresna marangAllah, padha sengita marang piala!Panjenengané ngreksa nyawané wongsing dikasihi, padha diuwalaké sakatangané wong duraka.11Wong mursid padha kasunaranpepadhang, wong sing temen atinépadha kaparingan kabungahan.12Hé para wong mursid, padhabungaha merga apa sing katindakakédéning Allah. Padha saosa sokur marangasmané kang suci.

981Masmur. Padha ngidungnakaluhurané Allah nganggo kidung

anyar, merga pakaryané sing élok. Sranapangwasané lan kasektèné piyambakkang suci Panjenengané nedahakékaunggulané.

Page 227: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 98.2–99.1 2262Pangéran wis nggiyaraké pitulungané;lan mbabaraké keadilané ana ingngarepané para umat.3Panjenengané netepi janjiné marangumat Israèl, apa déné salumahé bumiwis weruh pitulungané Allah kita.4Hé salumahé bumi, padha memujiamarang Allah, padha bungah-bungaha,padha surak-suraka, lan padhangidungna masmur!5Padha ngidungna masmur kagemAllah, dibarengi uniné clempung, uninéclempung lan nyanyian kanthi sora.6Dibarengi swarané nafiri lan slomprèt,padha surak-suraka ana ing ngarsanéAllah!7Karebèn segara lan saisiné gemuruh,mengkono uga jagad lan kang padhangenggoni.8Karebèn kali-kali padha keplok-keplok, lan gunung-gunung padhabungah-bungah ana ing ngarsané Allah.9Sebab Panjenengané rawuh ngadilibumi, sajagad bakal diadili kanthi adil,uga para bangsa kalayan kabeneran.

991Allah jumeneng Ratu,bangsa-bangsa padha getera.

Panjenengané pinarak ana ing

Page 228: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 99.2–8 227

sandhuwuré kerub-kerub, mulané bumihorega.2Allah kang ana ing Sion ikuMahakwasa, kaluhurané ngungkulisakèhé bangsa-bangsa.3Padha mujia marang asmané KangMahaagung, merga Panjenengané ikusuci!4Panjenengané iku Ratu kang sektilan remen marang kabeneran. Padukaingkang njejegaken kaleresan; kaleresanlan keadilan ing antawisipun umat Israèl,Paduka ingkang nindakaken.5Padha ngluhurna Pangéran, Allah kita,lan sujuda nyembah ana ing ancik-ancikésampéyané, Panjenengané suci.6Musa lan Harun kuwi imam-imamé,lan Samuèl kuwi klebu wong sing padhanyebut asmané. Kabèh padha nyebutmarang Allah lan Panjenengané njurungipanyuwuné.7Panjenengané ngandika saka tuguméga, wong-wong iya padha ngéstokakédhawuhé Allah, lan marang prenatanpeparingé.8Dhuh Pangéran, Allah kawula, Padukasampun nyembadani panyuwunipunpara abdi Paduka wau. Paduka

Page 229: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 99.9–101.1 228

dados Allahipun, ingkang kersangapunten, nanging ugi males dhatengpendamelipun ingkang lepat.9Padha luhurna Pangéran, Allah kita,sarta padha tumungkula lan sujuda anaing ngarsané, ing gunungé kang suci!Sebab Pangéran Allah kita iku suci!

1001Masmur samasa saos kurbanpamuji. Hé wong salumahé

bumi, padha bungaha lan mujia marangAllah.2Padha ngabektia marang Allahkalawan bungah, padha mareka ana ingngarsané karo ngidung kanthi bungah!3Aja lali yèn Pangéran iku Allah,Panjenengané kang nitahaké kita, lankita iki kagungané. Kita iki umaté, lanménda ngèn-ngènané.4Padha lumebua marang gapuranékalawan memuji, mlebua ing plataranékalawan kidung pamuji. Padha saosanapuji, padha luhurna asmané.5Sebab Allah iku becik, sih-piwelasélanggeng ing selawasé, kasetyané tetepturun-temurun.

1011Masmur anggitané Dawud.Kawula badhé ngidungaken

kasetyan lan keadilan, dhuh Allah.

Page 230: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 101.2–6 229

Kawula badhé nglagokaken kidungkagem Paduka!2Kawula badhé ngudi gesang tanpacacad; mbénjing menapa Paduka badhéngrawuhi kawula? Gesang kawula saisinégriya, badhé kanthi manah resik.3Kawula badhé mboten ngangen-angen sadhéngaha pendamel awon.Pendamelipun tiyang mblasar kawulasengiti, lan mboten badhé nggupakikawula.4Manah ingkang goroh badhé sumingkirsaking kawula. Kawula mboten badhéseneng ngapusi, lan mboten badhécandhuk lawung kaliyan pendamel awon.5Pundi tiyang ingkang kalayansesingidan ngawon-awon dhatengsesaminipun, sami badhé kawulatumpes. Tiyang ingkang lemuhur-luhurtuwin ladak kawula mboten sudi.6Kawula badhé nggatosaken tiyangingkang setya dhateng Allah, badhékawula ajak gesang sesarengan ingkedhaton kawula. Nanging tiyangingkang lampahipun tanpa cacad,ingkang kawula pendhet dados réncang.

Page 231: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 101.7–102.3 2307Tiyang ingkang lampahipun culikas

mboten badhé manggèn ing griyakawula, sinten ingkang remen ngapusimboten badhé tetep wonten ing ngajengkawula.8Saben dinten kawula badhé numpestiyang awon ing negari kawula.Sakathahing tiyang awon badhé kawulasingkiraken saking negarinipun Allah.

1021Pandongané wong sengsarasamasa ngalami susah, banjur

ngesokaké pesambaté ana ing ngarsanéAllah. (102-2) Dhuh Allah, Paduka mugimiyarsakaken pandonga kawula, anggènkawula memelas mugi-mugi dumugi ingngarsa Paduka.2 (102-3) Mugi sampun ngantosnégakaken kawula ing dinten karibedan.Mugi kersa nilingaken atur kawula,samasa kawula nyebut dhumatengPaduka.3 (102-4) Mugi énggal Paduka pitulungi,awit déné gesang kawula sirna kadoskukus, badan kawula mengangah kadosmawa.

sculika: sugih akal kanggé ngapusi.

Page 232: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 102.4–11 2314 (102-5) Manah kawula semplah lanalum kados rumput garing, ngantoskawula supé nedha tetedhan kawula.5 (102-6) Margi saking sangetingpangesah kawula, balung kawulangantos kelèt kaliyan daging kawula.6 (102-7) Kawula presasat kadospeksi wana, ingkang wonten ingara-ara samun, kados peksi beluk ingreruntuhaning griya.7 (102-8) Kawula mboten saged tilem,kados peksi kepencil wonten ing nginggilpayon.8 (102-9) Sadinten-dinten kawuladipun awon-awon déning paramengsah kawula, tiyang-tiyang ingkangngrèmèhaken kawula sami misuh kanthinyebut nama kawula.9 (102-10) Margi saking paukumanPaduka, kawula ngantos nedha awu,saha ombèn-ombèn kawula kaworan luh.Kawula Paduka junjung, lajeng Padukabucal, awit saking duka Paduka.10 (102-11) (102:9)11 (102-12) Gesang kawula kadosayang-ayangan ing wanci sonten, sartakawula dados alum kados rumput.

Page 233: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 102.12–19 23212 (102-13) Nanging dhuh Allah,Paduka jumeneng Ratu ing selaminipun,sarta asma Paduka kaènget-èngetturun-temurun.13 (102-14) Paduka badhé jumeneng,sarta melasi Sion, margi sampun dumugiwekdalipun dipun welasi.14 (102-15) Para abdi Paduka samikangen dhateng Sion, senajan sampunrupi jugrugan, karana katresnanipun.15 (102-16) Para bangsa lajeng badhéngabekti dhateng Allah, lan sekathahingraja ing bumi badhé sami ajrih dhatengPaduka.16 (102-17) Allah wis mbangun Sionmenèh, lan rawuh ngagem kamulyané.17 (102-18) Allah wis nggatèkakémenèh marang pandongané wong kangora duwé apa-apa, sarta ora nampikmarang panyuwuné.18 (102-19) Kuwi kabèh kacathetakanggo anak-putu ing tembé-mburi,supaya umat kang durung lair memujiPanjenengané.19 (102-20) Pangéran mirsani sakangaluhur kang suci, mirsani saka swargamarang bumi,

Page 234: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 102.20–26 23320 (102-21) kersa miyarsakaké sambatéwong tawanan, sarta kersa ngluwariwong sing wis kacadhangaké marangpati.21 (102-22) Supaya Asmané kawartaknaana ing Sion, lan kamulyakaké ana ingYérusalèm,22 (102-23) iya ing kalané para bangsapadha klumpukan, lan sakèhé kratonpadha ngabekti marang Panjenengané.23 (102-24) Aku wis digawé apes tanpadaya déning Panjenengané wiwit nalikaaku isih nom, umurku digawé cendhak.24 (102-25) Aturku mengkéné, "DhuhAllah kawula, kawula mugi sampunPaduka pundhut sadèrèngipun kawulasepuh." Dhuh Allah, yuswa Padukalanggeng ing selaminipun,25 (102-26) ing jaman kina mila Padukanitahaken bumi, lan kalayan asta Padukapiyambak Paduka nitahaken sakathahinglangit.26 (102-27) Menika sedaya badhé samilebur, nanging Paduka piyambak ingkanglanggeng. Menika wau sedaya badhésami saya lungset kados sinjang, lajengbadhé Paduka bucal, sarta badhé sirna.

Page 235: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 102.27–103.7 23427 (102-28) Nanging Paduka piyambakbadhé tetep, lan taunipun yuswa Padukamboten badhé wonten telasipun.28 (102-29) Anakipun para abdi Padukabadhé manggèn kalayan tentrem, lananak-turunipun badhé wilujeng wontening pengayoman Paduka.

1031Anggitané Dawud. Dhuhnyawaku, saosa puji marang

Allah; apa saisiné batinku mujia marangasmané kang suci.2Dhuh nyawaku, saosa puji marangAllah, lan aja lali marang kadarmané.3Panjenengané kang ngapura sakèhépanerakmu, kang marasaké sakèhélelaramu.4Panjenengané ngentas uripmu sakakubur, kang makuthani kowé kalawankadarman lan kawelasan.5Panjenengané kang tansah maringikabegjan selawasé, mula kowékaenomaké menèh kaya manukgarudha.6Allah paring adil lan kabeneranmarang sakèhé wong kang disiya-siya.7Musa wis diparingi pangerti babpangrèhé, lan Banisraèl diparingi weruhpakaryané.

Page 236: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 103.8–17 2358Allah mahawelas lan mahaasih, gedhésabaré sarta banget setyané.9Ora tansah ndukani kita, oranglajengaké paukumané ing selawasé.10Panyiksané ora timbang karo dosakita, sarta kita ora diwales timbanggedhéné karo dosa kita.11Déné sepira dhuwuré langit ngungkulibumi, iya semono gedhéning katresnanémarang wong kang ngabekti marangPanjenengané.12Sepira dohé Wétan saka Kulon,iya semono anggoné Allah ngedohaképanerak kita saka awak kita.13Mungguh bapak iku mesthi nduwèniwelas marang anak-anaké, mangka iyamengkono anggoné Allah melasi wongkang ngabekti marang Panjenengané.14Merga Panjenengané pirsa, sapa kitaiki, lan ènget yèn kita iki mung lebu.15Umuré manungsa mono kaya suket,kang padha kembang ing ara-ara;16yèn kambah ing angin waé banjurwis ilang, tilas panggonané ora ana singweruh.17Nanging katresnané Allah tanpawiwitan lan tanpa wekasan tumrap parawong kang ngabekti, sarta kabecikané

Page 237: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 103.18–104.2 236

marang anak-putuné wong-wong mauturun-temurun.18Yakuwi sakèhé wong kang padhanetepi ing prasetyané, sarta ngélingimarang dhawuhé lan dilakoni.19Gusti Allah dhedhampar ana ingswarga, kratoné mengku samubarangkabèh.20Padha saosa puji marang Allah,hé para malaékat, kang prakosa,kang nglakoni apa sadhawuhé, padhangèstokna apa kang dingandikakaké.21Hé sakèhé para pangwasa ingswarga, para abdiné kang nglakonidhawuhé, padha saosa puji marangAllah.22Hé sakèhé yasané kabèh ingwewengkoné kratoné, padha saosa pujimarang Allah. Dhuh nyawaku, saosa pujimarang Allah!

1041Dhuh nyawaku, saosapuji marang Allah. Dhuh

Allah kawula, iba agenging kaluhuranPaduka, Paduka ngagem kawibawan lankamulyan.2Paduka kinemulan ing pepadhang.Langit Paduka penthèng kados téndha,

Page 238: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 104.3–10 2373Paduka yasa dalem ing sanginggilingtoya. Méga Paduka agem dados titihan,Paduka tindak ing swiwining angin.4Angin Paduka agem minangka utusan,lan kilat minangka pelados.5Bumi Paduka degaken ing pondhasiingkang sentosa, temah mboten badhémoyag-mayig ing selaminipun.6Bumi wau Paduka kemuli mawisamodra, lan toya minggah nglangkungiredi-redi.7Menawi Paduka dukani, toya-toyalajeng sami mlajeng; sami késah kalayangugup, menawi mireng gemuruhingpangandika Paduka.8Lajeng sami minggah ing redi lanmedhak ing jurang-jurang, ing papaningkang sampun Paduka temtokaken.9Wates ingkang sampun Padukatemtokaken mboten badhé dipunlangkungi, lan mboten badhé wangsulngelebi bumi malih.10Paduka ingkang ngawontenakentuk-tuk mili dhateng ledhokan, sahalèpèn-lèpèn mili ing antawisipunredi-redi,

Page 239: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 104.11–18 23811minangka pecawisan ngombénipunkéwan-kéwan wana, wonten ing ngrikukuldi sami ngombé ngantos tuwuk.12 Ing sacelakipun ngriku sato ingawang-awang sami nyusuh lan samingocèh wonten ing pangipun wit-witan.13Saking langit Paduka kintun jawahdhateng redi-redi, lan bumi kebakberkahing pakaryan Paduka.14Rumput Paduka thukulaken minangkatedhaning kéwan, menapa déné tanem-tuwuh minangka rejekinipun manungsa.Supados manungsa saged nanemi sitiingkang ngedalaken tetedhan,15 lan anggur ingkang mbingahakenmanahipun. Tuwin lisah zaitun ingkangdamel rai sumringah, sarta roti ingkangngiyataken badanipun.16Wit-witan tanemané Allah piyambak,yakuwi wit-witan èrès ing Libanon,padha ketutugan udan.17 Ing wit-witan kono panggonanémanuk-manuk padha nusuh, manukkhasidaht ngenggoni wit beros.18Gunung-gunung sing dhuwur dadipanggonané wedhus alasan; watupadhas dadi panggonané kancil ndhelik.

tkhasidah: namanipun peksi.

Page 240: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 104.19–26 23919Pangéran kang nitahaké rembulanminangka penanggalan, srengéngéngerti wayahé angslup.20Paduka ndhatengaken pepeteng,lajeng dados dalu, menika wancinipunsato wana sami saba.21Singa-singa nèm sami medal mawigero-gero, pados memangsan sakingpeparingipun Allah.22Menawi srengéngé mlethèk, lajengsami nglempak sedaya, lan samindhekem wonten ing pandhelikanipun.23Manungsa inggih lajeng medalnyambut-damel, ngolah siti ngantosdumugi wanci sonten.24Dhuh Pangéran, iba kathahipunprekawis ingkang Paduka titahaken,sedaya sami katitahaken kalayankawicaksanan, salumahing bumi kebaktitah Paduka.25Paduka nitahaken seganten, agenglan jembar, panggènanipun ulamkemruyuk ageng lan alit tanpa wicalan.26 Ing seganten wau baita-baitalelayaran, menapa malih Léwiataningkang Paduka titahaken sami dolanan.

Page 241: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 104.27–35 24027Sedaya sami ngantos-antos dhatengPaduka, supados Paduka paringi nedhaing wekdalipun.28Samasa Paduka paringi lajeng dipuncaplok, menawi Paduka ngegarakenasta, sedaya sami tuwuk lan marem.29Menawi Paduka mléngospiyambakipun sami ajrih, menawiPaduka ngèndeli ambekanipun, lajengsami pejah, wangsul dados lebu malih.30Menawi Paduka ngutus Roh Padukalajeng sami maujud. Paduka paringgesang énggal dhateng bumi.31Kaluhurané Allah langgenga ingselawasé. Pangéran rena marangpakaryané.32Panjenengané mandeng marangbumi, temah gemeter, gunung-gunungdiremuk, banjur ngetokaké kukus.33Sajegku urip dakngidungakékamulyané Allah, selawasé aku ana ingdonya aku daknyaosaké kidung-kidungmasmur marang Allahku.34Pangidungku muga katrimah ingPanjenengané, aku bakal tansahbungah-bungah merga Panjenengané.35Wong duraka bakal katumpes, sirnasaka ing bumi, wong ala bakal ora

Page 242: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 105.1–8 241

ana menèh. Dhuh nyawaku, saosa pujimarang Allah! Haléluya!

1051Padha saosa puji sukurmarang Allah, padha wartakna

asmané. Para bangsa padha critananapendamelé.2Padha ngidungna kaluhurané,kidungna nganggo masmur; sakèhépakaryané kang élok padha critakna.3Padha bungaha déné kita ikikagungané; atiné wong kang ngabektimarang Allah, karebèn padha bungah.4Mareka marang Allah, nyuwunpitulungané, lan aja kendhat-kendhatanggonmu sujud ngabekti marangPanjenengané.5Hé para turuné Abraham, abdiné;para anaké Yakub, kang pinilih,padha ngélingana kaélokané Allahkang wis ditindakaké, lan marangputusan-putusaning keadilané.6 (105:5)7Pangéran iku Allah kita; dhawuhprenatané kanggo salumahé bumikabèh.8Panjenengané netepi prasetyanénganti langgeng selawasé; iya dhawuhkang kaparingaké marang sèwu turunan.

Page 243: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 105.9–18 2429Prejanjian kang didamel karoAbraham, lan prejanjiané marang Iskak,10 iku ditetepaké dadi prenatan marangYakub, dadi prejanjian langgeng kanggoIsraèl.11Pangandikané, "Kowé Dakparingitanah Kenaan, dadi tanah pusakamu."12Umaté Allah cacahé lagi sethithik, turdadi wong neneka ana ing kono.13Padha nglembara saka panggonanébangsa siji menyang bangsa liyané, sakakraton siji menyang kraton sijiné.14Panjenengané ora nglilani yènngantia dianiaya déning sapa-sapa;malah raja-raja ana sing diukum kranasaka umat mau.15Pangandikané, "Para pilihan-Ku ajanganti kokgepok, lan para nabi-Ku ajakoksiya-siya!"16Nalika Panjenengané nekakaképaceklik ing negara kono, lan sakèhétandhon pangan rusak kabèh.17Panjenengané ngutus wong ndhisikilakuné umaté, Yusuf diedol dadibatur-tukon.18Sikilé diblenggu, guluné diranté.

Page 244: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 105.19–27 24319Nganti tekan wektuné pamecanékatetepan, yakuwi nalika pangandikanéAllah mbeneraké Yusuf.20Sang Prabu ing Mesir nuli ngutusngluwari, dililani medal déning ratuningpara bangsa.21Didadèkaké penggedhéningkedhatoné, lan dipasrahi mengku apasakagungané Sang Prabu kabèh.22Dikersakakémréntah para penggedhéabdiné Sang Prabu ing sakersané Yusuf,sarta memulang kawicaksanan marangpara pinituwané para abdi.23Kaya mengkono tekané Israèl ingtanah Mesir lan Yakub manggon ingtanahé Kham dadi wong neneka.24Pangéran banjur ndadèkaké umaténgambra-ambra, diparingi kekuwatanngluwihi para satruné.25Atiné wong Mesir digawé sengitmarang umaté Allah, mula padhangapusi marang umat mau.26Allah nuli ngutus Musa, abdiné, lanHarun, pilihané.27Padha gawé kaélokan-kaélokan sakadhawuhé Allah, lan mujijat-mujijat anaing tanah Mesir.

Page 245: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 105.28–37 24428Gusti Allah nekakaké pepeteng,temah sanegara peteng ndhedhet,nanging wong Mesir ora padhangéstokaké dhawuhé.29Gusti Allah banjur ndadèkaké banyudadi getih, mula iwak-iwak ing konopadha mati kabèh.30Gusti Allah banjur nekakaké kodhoking tanah kono, malah nganti padhamlebu ing kamaré Sang Prabu.31Pangéran ngandika, banjur lalercathak padha teka, semono uga lemuting satlatahé negara.32Banjur nekakaké udan ès lan bledhègminangka gantiné udan.33Wité anggur dibrukaké, mengkonouga wité anjir; lan sarupané wit-witaning daérah kono kabèh.34Allah ngandika, banjur ana walangpadha teka, akèhé tanpa wilangan.35Padha mangan sakèhé thethukulankang ana ing negara kono, sapametunépalemahan kono diserang kabèh.36Pangéran numpes sakèhé anakpembarep ing tanah Mesir kono.37Bangsa Israèl banjur diirid metu,padha nggawa emas lan slaka, wong-

Page 246: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 105.38–44 245

wong mau kabèh padha waras lanrosa.38Nalika bangsa mau metu, wong Mesirpadha bungah, merga wis padha ngalamigiris krana saka bangsa mau.39Allah nggelar méga kagawé mayungiumaté, sarta geni kanggo madhangi ingwayah bengi.40Nalika para leluhur mau padhanyuwun daging, Gusti Allah banjurnekakaké manuk gemak akèh banget,lan umaté diwaregi nganggo roti sakalangit.41Pangéran bengkah karang, kangmetokaké banyu, iliné santer nganti dadikali ana ing tanah mati.42 Iki merga Panjenengané ngèngetimarang pangandikané kang suci, iyangèngeti marang Abraham, abdiné.43Kaya mengkono enggoné ngiridumaté metu kalawan bungah saka tanahMesir.44Padha diparingi tanahé bangsa-bangsa liya, nganti padha manganpametuné palemahané bangsa-bangsamau.

Page 247: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 105.45–106.7 24645 Iku supaya bangsa Israèl padhanetepana prenatané Allah lan ngèstoknaangger-anggeré. Haléluya!

1061Haléluya! Padha saosapuji marang Allah, merga

Panjenengané iku becik! Sih-kasetyanélanggeng selawasé.2Sapa sing bisa nyritakaké pangwasanéAllah, lan memuji kaluhurané kabèh?3Begja wong kang ngéstokakédhawuhé, sarta tansah nindakakékabeneran.4Dhuh Allah, kawula mugi Padukaèngeti; menawi Paduka mitulungi umatPaduka, kawula mugi kakatutna.5Supados kawula saged ningalikabegjanipun para umat pilihan Paduka,sarta tumuta bingah sesarengan kaliyankabingahanipun umat Paduka, inggihtumuta ngluhuraken sesarengan kaliyanpara kagungan Paduka.6Kawula sami damel dosa, sami kadosleluhur kawula, kawula sami nasar sartanglampahi piawon.7Para leluhur kawula nalika wontening Mesir sami mboten mangertos;dhateng pakaryan Paduka ingkangélok. Sami mboten ngèngeti dhateng

Page 248: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 106.8–14 247

kathahing sih-kamirahan, ingkangPaduka ketingalaken, malah samimbrontak wonten ing pinggiripunSeganten Teberau.8Éwasemanten sami Padukawilujengaken krana saking asmaPaduka piyambak, supados samisumerepa dhateng agenging kasektènPaduka.9Segara Teberau didhawuhi, temahasat, para leluhur banjur dilakokaké anaing dhasaré segara presasat ana ingara-ara.10Mengkono enggoné padha diluwarisaka tangané satru, sarta diuwalakésaka tangané mungsuh.11Nanging banyu mau nglelepakémungsuhé, siji waé ora ana sing kari.12Nalika semono para leluhur padhaprecaya sarta padha ngluhuraké asmanéAllah.13Nanging padha énggal lali marangpakaryané Allah, lan padha tumindaktanpa miterang marang kersané.14Ana ing ara-ara samun wong-wongmau padha kedereng déning hawa-nepsuné, banjur padha nyoba marangAllah ana ing segara wedhi.

Page 249: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 106.15–23 24815Allah banjur maringi apa kangdisuwun, nanging uga nekakaké lelarakang nggegirisi.16Sawisé mengkono banjur padha mèrikaro Musa, uga marang Harun, abdinéAllah kang suci.17Bumi nuli mangap, nguntal Datan,sarta ngubur Abiram sabrayaté.18Nuli ana geni teka ing tengahéwong-wong, sarta ngobong para wongduraka mau.19Ana ing Gunung Horèb para leluhurpadha gawé reca pedhèt, banjur padhasujud nyembah marang reca mau.20Gusti Allah, pepujané, padha dilironirerupan sapi sing mangan suket.21Padha lali marang Allah, Juru Slamet,sing wis nindakaké kaélokan ana ingtanah Mesir.22Sarta gawé mujijat ana ing tanahmau, apa menèh pakaryan ngédab-édabiana ing Segara Teberau.23Mulané Pangéran dhawuh arepnumpes para leluhur, yèn ajaa Musa,wong pilihané, nengahi ing ngarsanéAllah, nadhahi paukumané, supaya ajanganti padha ditumpes.

Page 250: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 106.24–32 24924Para leluhur padha nacad tanahsing becik, padha ora ngandel marangpangandikané Allah.25Malah padha grundelan ana ingkémahé, lan ora nggugu marangdhawuhé Allah.26Mulané Pangéran ngancam marangwong-wong mau, arep dipatèni ana ingara-ara samun.27Sarta turuné bakal dibuyaraké anaing antarané bangsa-bangsa, lan disebarmenyang tanah ing endi-endi.28Wong-wong mau padha nyembahBaal-Péor, lan mangan sesajèn singkanggo wong mati.29Srana mengkono gawé dukanéAllah, merga saka pratingkahé, mulanéketekan bebaya sing ampuh.30Pinéhas banjur tumandang ngukumwong-wong sing padha salah, bebayamau banjur sirna.31Tindaké Pinéhas mau tansah diélingi,kaétung labet kang becik, wiwit kuwi lansaterusé turun-temurun.32 Ing sacedhaké sendhang ingMériba, para leluhur iya padha njalarimulading paukumané Gusti Allah. Krana

Page 251: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 106.33–40 250

lelakon mau Musa nganti ketaman ingkasusahan.33Merga para leluhur padha mbalélamarang Rohé Allah, nganti Musangucapaké tembung sing ora samesthinédiucapaké.34Para leluhur ora numpes bangsa-bangsa sing didhawuhaké Allah supayadipatèni.35Malah padha awor karo wong kapirmau, ditiru kelakuané.36Brahalané padha disembah, kuwising banjur dadi kala-jireté.37Para leluhur padha ngurbanakéanak-anaké lanang, lan anak-anakéwadon marang para dhemit.38Dadi ngwutahaké getihé wongora salah, yakuwi getihé anak-anakélanang lan wadon, kang disembelèhdadi sesajèn marang brahalané wongKenaan, nganti tanahé dadi najis awitsaka dosané ngwutahaké getih.39Srana mengkono padha najisakéawaké dhéwé, lan srana penggawénémau padha tumindak sèdhèng.40Mulané bebenduné Allah mulad-mulad marang umaté, merga ora setyamarang Panjenengané.

Page 252: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 106.41–47 25141Umaté banjur diulungaké marangtangané bangsa kapir, mula padhadijajah déning para mungsuhé.42Mungsuh-mungsuhé padha gawégirising atiné, nganti banjur padha telukpasrah bongkokan.43Kerep Allah ngluwari umaté, nangingpadha ndadra enggoné mbangkangmarang Panjenengané, lan saya jeroenggoné ambles ing dosané.44Éwasemono Panjenenganénggatèkaké marang karubedané,sarta miyarsakaké marang pesambaté.45Panjenengané ngèngeti marangprasetyané, supaya dadi beciké umaté,lan merga saka gedhéning sihé, umatmau ora ditégakaké.46Padha diparingi piwelas sakasarupané wong sing nawan umaté.47Dhuh Pangéran, Allah kawula,kawula mugi sami Paduka luwari, lankawula sami kakempalna, uwal sakingantawisipun bangsa-bangsa, supadoskawula sami ngluhuraken asma Padukaingkang suci, sarta memuji kaluhuranPaduka.

Page 253: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 106.48–107.8 25248Pinujia Pangéran, Allahé Israèl,langgeng ing selawasé, sarta umatékabèh ngucapa: "Amin!" Haléluya!

1071 "Padha saosa pujisokur marang Allah, awit

Panjenengané iku mahaasih, sih-kasetyané langgeng selawasé."2Kaya mengkono pangucapé wong-wong sing padha diluwari déning Allah,saka tangané mungsuhé.3Lan diklumpukaké saka tanah-tanahngamanca, saka Wétan lan saka Kulon,saka Lor lan saka Kidul.4Ana wong-wong sing nglembara anaing segara wedhi, lan ing ara-ara samun,ora bisa nemokaké dalan sing tekankutha sing kena dienggoni.5Wong-wong mau padha keluwènlan kasatan, lan padha ora duwépengarep-arep menèh.6Nanging sajroning karubedané banjurpadha sesambat marang Allah, nulipadha diluwari saka kasangsarané.7Ditedahi dalan kang bener, sing tekanpapan sing kena dienggoni.8Wong-wong padha memujia marangAllah, awit saka sih-kasetyané, lan

Page 254: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 107.9–16 253

merga saka pakaryané kang élok tumrappara manungsa.9Panjenengané wis kersa maregi wongsing keluwèn, lan wong kasatan dierobiing kabecikané.10Ana wong-wong sing manggoning panggonan sing peteng dhedhetlelimengan, yakuwi wong-wong singditahan ana ing krangkèng karo diranté,11merga wis padha mbaléla marangdhawuhé Allah, sarta nampik marangpangandikané Kang Mahaluhur.12Mulané atiné diremuk déning Allahnganggo kasusahan; bareng padhakejlungup, ora ana sing nulungi.13Wong-wong mau banjur padhasesambat marang Allah sajroningkaribedané, nuli padha diluwari sakakasangsarané.14Diluwari saka panggonan sing petengdhedhet, sarta ranténé dicopoti.15Wong-wong mengkono mau padhamemujia marang Allah, merga saka sih-kasetyané, lan merga saka pendamelékang élok tumrap manungsa.16Sebab Panjenengané wis kersanjeboli lawang tembaga, lan mutungipalangé lawang-lawang wesi.

Page 255: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 107.17–26 25417Ana wong gemblung, sing lara merganglakoni dosa, lan merga pialané.18Wong mau ora doyan manganapa-apa, lan mèh waé mati.19Nanging sajroning karubedanésesambat marang Allah, banjur diluwarisaka kasangsarané.20Allah marasaké srana pangandikané,lan ngentas wong mau saka kubur.21Wong mengkono padha memujiamarang Allah, merga saka sih-kasetyané,lan merga saka pendamelé kang élokmarang para manungsa.22Wong mau padha nyaosna kurbanpamuji sarta nyritakna, pakaryané Allahkalawan swara kang sora.23Ana wong kang lelayaran nunggangprau, laku dagang ing samodra.24Wong mau padha weruh pakaryanéAllah, lan kaélokané ana ing tengahésegara.25Atas dhawuhé Allah banjur anaprahara teka, kang ngumbulaké ombak.26Prauné mau diumbulaké ing langitlan dibanting ana ing papan kang jero,bebaya gedhé mau gawé mirising atiné.

Page 256: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 107.27–35 25527Wong-wong padha mumet lan lakunésempoyongan kaya wong mendem,sakèhing ketrampilané ora ana gunané.28Nanging sajroning karubedané nulipadha sesambat marang Allah, banjurpadha diluwari saka kasangsarané.29Praharané disirep, mula ombakésegara meneng.30Wong-wong mau nuli padha bungah,merga segarané wis anteng menèh,banjur padha diirid déning Pangéranmenyang pelabuhan sing dikarepaké.31Wong-wong mau padha nyaosaképuji sokur marang Allah, merga sakasih-kasetyané, merga pendamelé kangélok marang manungsa.32Padha ngluhurna asmané ana ingpasamuwaning umaté, sarta mujia anaing kumpulané para penggedhé.33Pangéran ngéwahi kali-kali dadilemah mati, sendhang didamel lemahcengkar.34Lemah loh didadèkaké bumi asin,kang mengkono mau awit saka pialanésing ngenggoni.35Segara wedhi didadèkaké blumbang,lemah garing didadèkaké bumi sugihtuk.

Page 257: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 107.36–43 25636Wong keluwèn padha dipapanaké anaing kono, banjur padha ngedegaké kuthasing dienggoni.37Lemahé banjur disebari lan ditanduri,lan padha gawé kebon anggur singngetokaké woh akèh.38Wong-wong mau padha diberkahi,mula banget enggoné ngambra-ambra,sarta ingon-ingoné padha digawémanak-kumanak.39Menawa umaté Allah kalah peranglan ditelukaké déning mungsuhé kangambek siya.40Pangéran banjur damel kwiranganmarang para penggedhé, padhadidadèkaké wong nglambrang ana ingara-ara samun kang tanpa dalan.41Nanging wong papa padha dijunjungsaka kemlaratané, sarta anak-putunépadha ditangkar-tangkaraké kayapepanthaning wedhus.42Para wong mursid padha weruh lanpadha bungah-bungah, nanging wongduraka kabèh padha meneng waé.43Sapa wong sing wicaksana padhangrasak-ngrasakna prekara mau,sarta nitènana marang sih-kasetyanéPangéran.

Page 258: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 108.1–7 257

1081Kidung masmur anggitanéDawud. (108-2) Manah

kawula bingah, dhuh Allah, badhéngrepèkaken kidung, nglagokakenkidung masmur kagem Paduka. Dhuhnyawaku, bungaha!2 (108-3) Hé slukat lan clempung,padha tangia, srengéngé, tangia.3 (108-4) Paduka badhé kawula pujiwonten ing tengahipun para bangsa,dhuh Allah, badhé kawula kidungakenmawi masmur ing tengahipun paraumat.4 (108-5) Margi sih Paduka menikaluhuripun ngungkuli langit, lan kasetyanPaduka ngungkuli inggiling méga.5 (108-6) Dhuh Allah, Paduka mugingetingalaken kaluhuran Paduka,ingkang ngungkuli sakathahing langit,saha kamulyan Paduka nyrambahanasalumahing bumi.6 (108-7) Kawula mugi kawilujengakensrana pangwasa Paduka, Padukanyembadani panyuwun kawula, milapara kekasih Paduka sami kaluwaran.7 (108-8) Allah wis ngandika ana ingpasucèné, "Penggalih-Ku rena banget,Sikèm arep Dakpérang-pérang. Lebak

Page 259: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 108.8–109.1 258

Sukot lan Giléad arep Dakedum marangumat-Ku.8 (108-9) Giléad iku kagungan-Ku,uga Manasyè; Éfraim dadi tutupingsirah-Ku, lan Yéhuda sasat jungkatingkeprabon-Ku.9 (108-10) Moab kuwi pawisuhan-Ku,Édom bakal Dakuncali sandhal-Ku,tandha yén kagungan-Ku. Lan mergaFilistéa Aku surak-surak."10 (108-11) Sapa sing bakal ngirid akumlebu menyang kutha sing dibètèngi?Sapa sing bakal ngirid aku menyangÉdom?11 (108-12) Dhuh Allah, menapa èstuPaduka sampun nampik dhateng kawula?Menapa Paduka mboten miyos nyarengitentara kawula?12 (108-13) Dhuh Allah, mugi paringpitulung nglawan dhateng mengsahkawula, awit pambiyantunipunmanungsa menika tanpa gina.13 (108-14) Merga saka sih-pitulunganéAllah kita bakal dadi kendel lan prakosa,sebab Panjenengané piyambak kangbakal nelukaké satru-satru kita.

1091Masmur anggitané Dawud.Kanggo pemimpin penyanyi.

Page 260: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 109.2–10 259

Dhuh Allah pepujan kawula, Padukamugi sampun kèndel kémawon.2Tiyang duraka lan tiyang goroh samimoyoki kawula, lan sami criyos doradhateng kawula.3Sami ngawon-awon kawula mergisaking sengit, lan sami mengsahi kawulatanpa sebab.4Katresnan kawula dipun wales mawipendakwa, senajan tansah sami kawuladongakaken.5Kasaénan kawula dipun wales piawon,saha katresnan kawula dipun lintonisengit.6Tiyang menika dipun adilana déninghakim ingkang duraka, lan kagugatadéning mengsahipun.7Samasa dipun adili katetepnakalepatanipun, saha pandonganipunkaanggepa dosa.8Umuripun kacelakna, kalenggahanipunkaparingna dhateng tiyang sanès.9Anak-anakipun dadosa lola, tuwinsémahipun dadosa randha.10Anak-anakipun sami nglambrangapepriman, katundhunga sakinggriyanipun ingkang bibrah.

Page 261: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 109.11–17 26011Tiyang-tiyang ingkang nyambutitiyang menika sami mendhetana sedayagadhahanipun, sarta tiyang sanès saminjaraha hasiling pedamelanipun.12Tiyang menika sampun ngantosmanggih piwelasipun tiyang, lan sampunngantos wonten tiyang ingkang tresnadhateng anak-anakipun ingkang dadoslola.13Anak-anakipun sami tumpesa, tuwinnamanipun kasirnakna dumugi turunkaping kalih.14Piawoning para leluhuripunkaèngetana wonten ing ngarsanipunAllah, sarta dosaning biyungipun sampunngantos kalebur.15Menika mugi tansah dipun émut-émut déning Allah, sarta sedayaingkang wonten sesambetanipun kaliyanpiyambakipun kasupèkna wonten ingbumi.16Sebab tiyang menika mboten natédamel kesaénan, malah ngoyak-oyakdhateng tiyang sangsara. Tiyang miskinsarta tiyang ingkang pepes manahipunbadhé dipun pejahi.17Sarèhné remen ngucapaken ipat-ipat,mila mugi ketamanana ipat-ipatipun

Page 262: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 109.18–23 261

piyambak. Margi mboten remen berkah,mila berkah inggih tebiha sakingpiyambakipun.18 Ipat-ipat dipun anggéa kadosrasukan, sarta rumasuka ing badanipunkados toya, lan kados lisah ingbalungipun.19 Ipat-ipat wau dadosa kadossinjang ingkang dipun kemulaken, lankados sabuk ingkang kanggé ningsetipenganggénipun.20Kadosa mekaten Allah enggènipunngganjar tiyang ingkang sami nglawankawula, sarta ingkang wicantenipunawon dhateng kawula.21Nanging menggah kawula dhuhPangéran, mugi Paduka ganjar kesaénankrana asma Paduka, mugi kawulakapitulungana, margi Paduka menikaloma, asih lan setya.22Kawula tiyang kesrakat lan mlarat,sarta manah kawula sakit sanget.23Kawula presasat ayang-ayang ingwanci sonten, mboten dangu malihbadhé sirna, kawula badhé katut ingangin kados walang.

Page 263: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 109.24–31 26224Dhengkul kawula sléyat-sléyot, mergisaking enggèn kawula pasa, sarta badankawula kera, telas gajihipun.25Mila kawula tansah dipun gegujengdéning tiyang menika, saben ningalikawula sami gèdhèg-gèdhèg.26Dhuh Pangéran, Allah kawula, kawulamugi Paduka pitulungi, mugi Padukaluwari krana saking sih-kasetyan Paduka.27Dhuh Allah, supados tiyang wausami sumerepa, bilih Paduka ingkangnindakaken menika, inggih Padukapiyambak.28Kajengipun sami ngipat-ipati, nangingPaduka mugi mberkahi. Kajengipuningkang nguya-uya kawula kwirangan,nanging kawula abdi Paduka sagedabingah.29Tiyang-tiyang ingkang sami nglawandhateng kawula samia kisinan, lan samikasandhangana kwirangan kados dénéjubah.30Aku bakal saos puji sokur marangAllah nganggo swara kang sora.Panjenengané bakal dakluhuraké ana ingpakumpulané umaté.31Merga Panjenengané wis mbélaniwong miskin, lan ngluwari saka wong-

Page 264: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 110.1–5 263

wong sing nibakaké paukuman patimarang wong-wong mau.

1101Masmur anggitané Dawud.Pangandikanipun Allah

dhateng Gusti kula mekaten, "Pinarakaana ing tengen-Ku nganti tumekanémungsuh-mungsuhmu wis padhaDakdadèkaké ancik-anciké tlapakanmu."2Allah badhé ngulungaken jungkatingkeprabon dhateng Panjenengan sakingSion, Paduka nindakna pangrèh Padukaing tengahing mengsah Paduka.3 Ing dinten Paduka nglempakakenwadyabala nglawan mengsah-mengsahPaduka, umat Paduka badhé tumutperang kalayan manasuka. Kados dénéebun ing wanci énjing umun-umun,kados mekaten para nènèman kagunganPaduka badhé sami sowan ing ngarsaPaduka, ing redi-redi ingkang suci.4Gusti Allah sampun janji kalayansupaos ingkang mboten badhé dipunkeduwungi, mekaten, "Kowé iku dadiImam ing selawas-lawasé, manuttatanané Mèlkisèdèk."5Pangéran wonten ing tengen Paduka,samasa duka Allah numpes raja-rajakalayan bebendunipun.

Page 265: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 110.6–111.5 2646Pangéran nindakaken pengadilan ingtengahipun para umat, mila saenggèn-enggèn wonten pepejah pating glasah.Para raja ing pundi kémawon badhédipun telukaken.7Sang Prabu badhé ngunjuk toyasaking lèpèn ing sapinggiring margi,temah badhé kakiyataken lan angsalkemenangan.

1111Haléluya! Gusti Allah arepdakpuji kalawan gumolonging

atiku, ana ing pakumpulané wong mursidlan ing ara-ara samun.2Pakaryané Allah iku sarwa gedhélan élok, patut dititipriksa déningsakèhing wong kang tresna marangPanjenengané.3Samubarang sing ditindakaké kuwiagung lan mulya, sarta pengadilanéselawasé bener.4Panjenengané ora ngersakaké kitanglalèkaké marang pendamelé kangélok-élok, Panjenengané asih-mirma lanwelasan.5Para wong kang ngabekti padhadiparingi pangan, prejanjiané dièngetilanggeng selawasé.

Page 266: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 111.6–112.3 2656Pangwasaning pakaryané ditedahakémarang umaté, srana maringakétanahé bangsa-bangsa liya dadi tanahpusakané.7Samubarang sing ditindakaké kuwibener lan adil; apa sadhawuhé kenadiprecaya.8Selawas-lawasé ora owah gingsirbabar-pisan, sebab dhasaré kabeneranlan kautaman.9Umaté wis diluwari, lan prejanjianékaro umat mau tetep ing selawas-lawasé.Panjenengané suci lan mahakwasa.10Carané olèh kawicaksanan yakuwisrana ngabekti marang Allah; kabèhwong kang nglakoni dhawuhé kaparinganbudi lan nalar kang wicaksana. Pinujiaasmané ing selawas-lawasé.

1121Haléluya! Begja wong singngabekti marang Allah, sing

kesengsem nglakoni dhawuhé Pangéran.2Anak-putuné bakal gedhé kawibawanéana ing bumi, sarta padha diberkahidéning Pangéran.3Brayaté bakal ngalami kalubéran lanolèh kasugihan, kabecikané bakal teteping selawasé.

Page 267: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 112.4–113.3 2664Wong sing atiné jujur, samasakepetengan, mesthi kaplethèkanpepadhang, yakuwi wong sing dhemenwèwèh, welasan lan adil.5Wong sing dhemen wèwèh lan awèhutangan, sing ngrumati barang-darbèkékanthi temen.6Wong mursid tansah dièngeti déningAllah, sedyaning atiné bakal keturutan.7Piala ora bakal ndadèkaké kuwatiré,atiné mantep, gedhé pengandelé marangAllah.8Wong mau ora wedi utawa kuwatir,malah yakin yèn satruné bakal kalah.9Loma pawèwèhé marang wong miskin,kabecikané bakal lestari, mula wibawanélan kaurmatané bakal saya tambah.10Ndeleng sing mengkono, wongduraka bakal nepsu karo nggeget untu.Banjur sirna, apa sapengarep-arepéwong duraka bakal lebur.

1131Haléluya! Hé para abdinéPangéran, padha pujinen

asmané Allah!2Asmané Allah pinujia-pujia, wiwit saikitekan ing selawasé.3Asmané Allah pinuji-pujia, saka Wétantekan Kulon tetep ing selawasé.

Page 268: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 113.4–114.4 2674Allah luhur ngungkuli sakèhé paraumat, kamulyané ngungkuli sakèhélangit.5Sapa kang madhani Pangéran, Allahkita, kang ngedhaton ing ngaluhur.6Kang kersa tumelung mirsani marangkang ana ing ngisor, kang ana ing langitlan ing bumi?7Wong papa dijunjung saka ing lebu,lan wong mlarat saka ing bladheran.8Diprenahaké ing sandhuwuré parapenggedhé, bebarengan karo parapengarepé bangsané.9Wong wadon sing gabug diparingikabegjan ing omahé, merga diberkahianak pirang-pirang. Haléluya!

1141Nalika bangsa Israèl budhalsaka tanah Mesir, turuné Yakub

metu saka tengahé bangsa ngamanca.2Yéhuda dadi umaté Allah kang dipilih,lan Israèl dadi kagungané.3Segara Teberau bareng weruh banjurmlayu, lan Kali Yardèn mandheg anggonémili.4Gunung-gunung padha lelumpatankaya wedhus lanang, tengger-tenggerpadha lincak-lincak kaya cempé!

Page 269: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 114.5–115.5 2685Hé segara, yagéné kowé kokmlayu?Hé Kali Yardèn, yagéné kowé mandheganggonmu mili?6Hé gunung-gunung! Yagéné kowélelumpatan kaya wedhus lanang?Hé tengger-tengger! Yagéné kowélincak-lincak kaya cempé?7Hé bumi! Gemetera ana ing ngarsanéPangéran, ana ing ngarsané AllahéYakub,8kang ndadèkaké karang malih dadiblumbang, lan watu atos dadi sendhang.

1151Dhuh Allah, sampun dhatengkawula, inggih sampun

dhateng kawula, namunga asma Padukakémawon ingkang kamulyakaken, awitsaking sih lan kasetyan Paduka.2Kénging menapa para umat ngantossami mungel mekaten, "Allahé wongkuwi ana ing ngendi?"3Allah kita ana ing swarga;Panjenengané nindakaké apa sakersané.4Brahalané para umat digawé sakaslaka utawa emas, garapané tanganémanungsa.5Padha duwé cangkem, nanging orabisa clathu, padha duwé mripat, nangingora bisa ndeleng.

Page 270: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 115.6–13 2696Padha duwé kuping, nanging ora bisangrungu, padha duwé irung, nanging orabisa ngambu.7Padha duwé tangan, nanging orabisa nggrayang, padha duwé sikil,nanging ora bisa mlaku, gurungé orabisa ngetokaké swara.8Para wong sing nggawé lan singprecaya, dadia kaya brahala mengkonokuwi.9Hé Israèl! Kowé precayaa marangAllah! Panjenengané sing mitulungi landadi tetamèng.10Hé turuné Harun, precayaa marangAllah! Panjenengané sing mitulungi landadi tetamèng.11Hé wong kang ngabekti marang Allah!Padha precayaa marang Panjenengané.Panjenengané sing mitulungi lan daditetamèng.12Allah ènget marang kita, kersa paringberkah, bakal mberkahi turuné Israèl,bakal mberkahi turuné Harun.13Bakal mberkahi para wong kangngabekti marang Allah, wong cilik barengkaro wong gedhé.

Page 271: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 115.14–116.5 27014Allah uga marengaké kowé padhatangkar-tumangkar, iya kowé lananak-putumu.15Kowé padha kaberkahana déningAllah, kang nitahaké langit lan bumi.16Swarga iku kagungané Allahpiyambak, nanging bumi kaparingakémarang manungsa.17Wong mati padha ora ngluhurakéAllah, semono uga kabèh wong sing wismedhun ing alam sepi.18Nanging kita kang isih urip, kita arepmemuji marang Allah, wiwit saiki tekanselawasé. Haléluya!

1161Aku tresna marang Allah,merga Panjenengané

miyarsakaké pandongaku.2Panjenengané nyembadanipanyuwunku, saben aku ndedongamarang Panjenengané.3Aku dikubengi lan diserang déningbebaya pati, sarta ngalami karubedanlan kasusahan.4Aku banjur ndedonga marang Allah,"Dhuh Allah, Paduka mugi ngluwari!"5Allah iku mahasetya lan saépenggalihé, Allah kita ambek welasan.

Page 272: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 116.6–16 2716Panjenengané ngayomi wongsing presaja. Samasa aku apes,Panjenengané banjur mitulungi aku.7Dhuh nyawaku, puliha tentremmenèh, sebab Allah wis damel saémarang kowé.8Allah wis ngluwari aku saka ing pati,wis nyegah luh metu saka mripatku, lannahan sikilku saka sesandhungan.9Mulané salakuku bakal ana ingngarsané Allah, iya selawasé aku uripana ing donya.10Pengandelku tetep, senajan akungucap, "Aku kasiksa banget."11Utawa saka wediku muni, "Manungsakabèh tukang ngapusi."12Apa sing kena dakenggo malesPangéran, merga kabecikané marangaku?13Aku arep nyaosaké kurban unjukanmarang Allah, minangka saos panuwunanggoné wis mitulungi aku.14Aku arep ngluwari kaulku marangAllah ana ing kumpulané umaté.15Patiné wong sing dikasihi kuwi gedhépengajiné ana ing ngarsané Allah.16Dhuh Allah, kawula menika abdiPaduka, kawula ngabdi dhateng Paduka,

Page 273: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 116.17–118.3 272

sami kados biyung kawula anggènipunngabdi dhateng Paduka. Paduka sampunngluwari kawula saking bebaya pejah.17Kawula badhé nyaosaken kurbanpamuji dhateng Paduka, sarta kurbaningpandonga kawula.18Dakluwari ujarku marang Allah anaing ngarepé kumpulané umaté,19ana ing platarané PedalemanéAllah, ana ing tengah kutha Yérusalèm.Haléluya!

1171Hé sakèhé para umat, padhasaosa puji marang Allah.

2Hé sakèhé para bangsa, Panjenenganépadha luhurna, awit sih-kadarmanémarang kita iku gedhé banget, sartakasetyané Allah kuwi langgeng selawasé.Haléluya.

1181Padha saosa puji marangAllah, sebab Panjenengané

saé, penggalihé lan sih-kasetyanélanggeng selawasé.2Umat Israèl padha ngucapa,"Sih-kasetyané iku langgeng selawasé!"3Para imam padha ngucapa, "Sih-kasetyané iku langgeng selawasé!"

Page 274: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 118.4–12 2734Para wong kang ngabekti marangAllah padha ngucapa, "Sih-kasetyané ikulanggeng selawasé!"5Sajroning karubedan aku nyebutmarang Allah, Allah nuli njurungipesambat-Ku, lan aku iya banjurkaparingan luwar.6Allah nunggil karo aku, aku bakal orawedi, manungsa bisa gawé apa marangaku?7Allah nunggil karo aku sarta paringpitulungan, mulané aku bakal nganggeprèmèh wong sing padha sengit marangaku.8Luwih becik ngungsi marang Allah,ketimbang karo ngendelaké manungsa.9Luwih becik ngungsi marang Allah,ketimbang karo njagakaké parapenggedhé.10Aku dikepung déning sakèhémungsuhku, nanging kabèh padhadakgempur nganggo pangwasané Allah.11Aku dikepung nganti rapet, nangingkabèh dakgempur nganggo pangwasanéAllah.12Anggoné ngepung aku kaya tawon,nanging kabèh padha kebrongot kaya

Page 275: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 118.13–20 274

eri kobong ing geni, kabèh dakgempurnganggo pangwasané Allah.13Aku diserang sarosané nganti akukalah, nanging Allah mitulungi aku.14Aku digawé rosa lan sentosa,Panjenengané dakluhuraké nganggomasmur, merga Panjenengané mitulungiaku.15 Ing omahé wong kang ngabektimarang Allah, wong-wongé padhasurak-surak saka bungahé, merga wiskaparingan kemenangan, pangucapé,"Kemenangan iki pendamelé Allah kangmahakwasa.16Pangwasané sing paringkemenangan, pangwasané ana ingsajroning peprangan!"17Aku bakal ora mati, aku tetep uriplan bakal nyritakaké pakaryané Allah.18Allah banget anggoné ngajar marangaku, nanging aku ora nganti ditégakakémati.19Aku bukakna lawangé PedalemanéAllah, aku arep mlebu nyaosaké pujisokur marang Allah.20 Iki gapurané Allah, mung wongmursid kena mlebu mréné.

Page 276: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 118.21–28 27521Dhuh Allah, kawula memujidhateng Paduka, margi Paduka sampunnyembadani panyuwun kawula, sartaPaduka paringi pitulungan.22Watu kang ditampik déning ahli gawéomah, ketitik dadi watu sing pentingdhéwé.23Kuwi merga saka pendamelé Allah,sarta nggumunaké kanggoné kita.24 Iki dina kamenangan peparingé Allah,mulané ayo padha bungah-bungah lanseneng-seneng!25Dhuh Allah, mugi mitulungi kawula,kawula mugi Paduka luwari. Kawulakaparingana kemenangan, dhuh Allah.26Binerkahana Panjenenganipuningkang rawuh atas asmanipun Allah!Aku mujèkaké berkah marang kowékabèh saka Pedalemané Allah.27Pangéran iku Allah, Panjenenganénindakaké kabecikan marang kita, kéwansing arep kanggo kurban cancangenana ing sunguné mesbèh, karo jèjèrangubengi mesbèh kuwi.28Paduka menika Allah kawula, milakawula puji. Kawula badhé nyariyosakenkaluhuran Paduka.

Page 277: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 118.29–119.8 27629Padha saosa puji marang Allah,merga Panjenengané saé penggalihé,lan sih-kadarmané langgeng selawasé.

1191Begja wong sing resikuripé, sing uripé manut

angger-anggeré Allah.2Begja wong sing padha netepimarang pepèngeté Allah; sarta singngungsi marang Panjenengané kalawangumolonging atiné.3Lan ora nglakoni piala, nangingnglakoni pitedahé Allah.4Paduka piyambak ingkangndhawuhaken pepakèn-pepakènmenika, supados dipun tetepana kanthitemen-temen.5Kados menapa kepéngin kawulanetepi dhawuh Paduka kalayan setya.6Menawi kawula nggatosaken dhawuh-dhawuh Paduka, temtu kawula mbotenbadhé kwirangan.7Paduka badhé kawula puji kalayantrus ing manah, samasa kawula nyinauprenatan Paduka ingkang adil menika.8Kawula badhé netepi prenatan Paduka,mugi Paduka sampun ngantos nilarkawula.

Page 278: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 119.9–17 2779Kadospundi caranipun tiyangnèm-nèman saged gesang kalayanjujur, kejawi namung menawi netepipangandika Paduka?10Paduka ingkang kawula padosikalayan gumolonging manah, sampunngantos kawula Paduka tégakakennylèwèng nilar dhawuh Paduka.11Dhawuh Paduka kawula simpen ingmanah, supados kawula mboten dameldosa dhateng Paduka.12Dhuh Allah, Paduka pinuji-pujia,kawula mugi Paduka wulang babprenatan-prenatan Paduka.13Kawula badhé gentos nyariyosakenkalayan swanten sora sakathahingdhawuh Paduka wau.14Kawula èstokaken kalayan bingahdhawuh-dhawuh Paduka, ngungkulimenawi kawula gadhah sawerniningraja-brana.15Dhawuh Paduka kawula tliti, piwulangPaduka kawula uji.16Kawula remen dhateng dhawuhPaduka. Dhawuh-dhawuh Padukamboten badhé kawula supèkaken.17Paduka mugi maringi kasaénandhateng kawula, kang abdi; supados

Page 279: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 119.18–25 278

kawula gesang lan mbangun-turutdhateng dhawuh Paduka.18Mripat kawula mugi Paduka elèkaken,supados kawula saged ningali kaleresan,kaleresan ingkang élok wonten ingdhawuh Paduka.19Kawula namung sekedhap wonten ingdonya ngriki, pramila dhawuh-dhawuhPaduka sampun ngantos Padukadhelikaken tumrap kawula.20Manah kawula ngantos-antoskepéngin mangertos dhawuh Paduka.21Tiyang angkuh Paduka ukum,kénginga laknat tiyang ingkang nasar,nilar dhawuh Paduka.22Kawula mugi kaluwarana sakingpamoyok lan panyia-nyia margi kawulanetepi dhawuh lan pepènget Paduka.23Senajan para pengageng samisarembag nglawan dhateng kawula,éwasemanten abdi Paduka inggihngraos-ngraosaken dhawuh Paduka.24Dhawuh pepènget Paduka menikasami dados kabingahan saha jurupirembag kawula.25Kawula kasoran nggléthak wonten inglebu, mugi kawula Paduka gesangakenmalih miturut janji Paduka.

Page 280: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 119.26–34 27926Kawula nerangaken menapa ingkangkawula lampahi, ngantos Paduka lajengparing wangsulan.27Kawula mugi kawulanga bab dhawuhPaduka, supados kawula ngraosakenkaélokan Paduka.28Manah kawula sedhih margi sakingprihatos; mugi Paduka kiyataken miturutjanji Paduka.29Kawula mugi kasingkirna sakingmargi ingkang nasar, lan kasumerepnadhateng dhawuh Paduka, awit sakingsih-palimirma Paduka.30Kawula milih ngambah margi ingkangleres, sarta nggatosaken dhatengputusan-putusan Paduka.31Kawula rumaket dhateng dhawuh-dhawuh Paduka, dhuh Allah, mugisampun Paduka wirangaken.32Kawula badhé netepi dhawuhPaduka, awit Paduka paring tambahingpangertosan dhateng kawula.33Dhuh Allah, kawula kasumerepnasuraosipun angger-angger Paduka, sartabadhé kawula turut ing selaminipun.34Kawula kaparingana pangertosandhateng dhawuh-dhawuh Paduka,

Page 281: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 119.35–41 280

sarta badhé kawula tetepi kalayangumolonging manah.35Kawula kasagedna mbangun-turutdhateng dhawuh Paduka, awit menikaingkang kawula remeni.36Manah kawula kadamela kasengsemdhateng dhawuh pangandika Paduka,ketimbang remen dhateng prekawisingkang nistha.37Mripat kawula mugi Paduka cegahsaking sumerep barang ingkang tanpagina. Paduka mugi nandukaken kesaénandhateng kawula miturut janji Paduka.38Mugi kersa netepi janji ingkangPaduka paringaken dhateng kawula, abdiPaduka, inggih janji ingkang Padukaparingaken dhateng tiyang mursid.39Kawula kaluwarana saking kanisthaningkang damel geteré manah kawula;sebab prenatan Paduka menika sedayasaé.40Kawula remen mbangun-turutdhateng dhawuh pangandika Paduka.Kawula kaparingana gesang énggal,ingkang remen dhateng kaleresanPaduka.41Dhuh Allah, mugi ngetingalnasih-kawelasan Paduka dhateng kawula,

Page 282: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 119.42–49 281

kawula kapitulungana miturut janjiPaduka.42Supados kawula saged mangsulidhateng tiyang ingkang ngawon-awonkawula, sebab kawula ngendelakendhateng pangandika Paduka.43Kawula kadamela tansah wicantenkalayan leres, sebab kawula suméndhédhateng kaleresan Paduka.44Mila kawula badhé tansah netepidhawuh pangandika Paduka langgengselaminipun.45Kawula badhé gesang kalayan bébas,margi dhawuh Paduka ingkang kawulapadosi.46Senajan wonten ing ngarsanipun pararaja pisan, kawula badhé medharakendhawuh pangandika Paduka, sartamboten badhé isin.47Kawula badhé kesengsem dhatengdhawuh Paduka, ingkang kawula remeni.48Dhawuh Paduka kawula urmati lankawula senengi, piwulang Paduka badhékawula raos-raosaken.49Paduka mugi ngèngeti janji-janji,ingkang Paduka paringaken dhatengkawula, abdi Paduka, menika ingkang

Page 283: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 119.50–57 282

Paduka dadosaken pengajeng-ajengkawula.50Salebeting nandhang kasisahankawula betah kalipur; kawulakagesangna malih déning janjiPaduka.51Tiyang-tiyang angkuh tansah moyokikawula, éwasemanten kawula mbotennaté nilar dhawuh pangandika Paduka.52Dhuh Allah, kawula tansah kèngetandhateng kaleresan Paduka saking kinamila, lajeng angsal panglipur.53Kawula nepsu sanget dhateng tiyangawon, ingkang nerak angger-anggerPaduka.54Salebeting gesang kawula ing donyakados tiyang neneka menika, kawulangrakit kekidungan bab angger-anggerPaduka.55 Ing wanci dalu kawula ènget dhatengPaduka, sarta ngraos-ngraosakendhawuh pangandika Paduka.56Kawula rumaos begja salebetingngraos-ngraosaken angger-anggerPaduka.57Dhuh Pangéran, namung Padukaingkang dados idham-idhamaning manah

Page 284: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 119.58–64 283

kawula, kawula badhé ngèstokakendhawuh Paduka sedaya.58Adreng panyuwun kawula dhatengPaduka, supados melasi kawula, kadosingkang Paduka dhawuhaken piyambak.59Kawula ngraos-ngraosaken lampahkawula, lan kawula janji badhénglampahi pitedah Paduka.60Kawula énggal-énggal, tanpangendhé-endhé ngèstokaken dhawuhPaduka.61Tiyang duraka sami pasang kala-jiretkanggé kawula, nanging kawula mbotenkesupèn dhateng dhawuh Paduka.62Tengah ndalu kawula tangi memujidhumateng Paduka, margi dhawuh-dhawuh Paduka menika ingkangleres.63Kawula dados kancanipunsakathahing tiyang ingkang ngabektidhateng Paduka, sarta ingkang netepidhawuh Paduka.64Dhuh Allah, salumahing bumikalubèran sih-kadarman Paduka, kawulamugi Paduka wulang bab dhawuhPaduka.

Page 285: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 119.65–72 28465Dhuh Allah, Paduka sampun netepijanji Paduka, lan sampun maringakenkasaénan dhateng kawula, abdi Paduka.66Kawula mugi Paduka paringikawicaksanan lan pangertosan, sebabkawula pitados dhateng dhawuh Paduka.67Sadèrèngipun kawula manggihsangsara, lampah kawula kesasar,nanging samenika kawula ngèstokakenpangandika Paduka.68Paduka menika saé ing penggalih,sarta tansah maringi kasaénan;kawula mugi Paduka wulang netepidhawuh-dhawuh Paduka sedaya.69Tiyang angkuh sami goroh ingngatasipun kawula, mangka kawulanetepi pepakèn Paduka kalawangumolonging manah.70Tiyang-tiyang menika samindableg, nanging menggah kawula,dhawuh-dhawuh Paduka menika dadoskabingahan kawula.71Enggèn kawula sampun kasangsaramenika maédahi, sebab ndadosakenkawula nyinau dhawuh Paduka.72Dhawuh peparing Paduka menikamaédahi dhateng kawula, ngungkulisakathahing emas lan slaka ing bumi.

Page 286: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 119.73–79 28573Paduka ingkang nitahaken kawulalan yasa badan kawula, mugi paringkawicaksanan supados kawulamangertos dhateng dhawuh Paduka.74Para tiyang ingkang ngabekti dhatengPaduka, sami ningali kawula kalayanbingah, margi kawula ngandel dhatengjanji-janji Paduka.75Kawula mangertos, dhuh Allah, bilihdhawuh Paduka menika leres, sahaenggèn Paduka ngajar kawula menikamargi saking sih-kaleresan Paduka.76Kasetyan Paduka menika mugidadosa panglipur kawula, kados janjiPaduka dhateng kawula, kang abdi.77Kawula kaparingana sih-rahmatPaduka, supados kawula gesang, marginamung Torèt Paduka menika ingkangdados kabingahan kawula.78Tiyang angkuh ingkang damelpandakwa palsu dhateng kawulabadhé sami kwirangan, nangingmenggahing kawula, kawula badhéngraos-ngraosaken piwulang Paduka.79Para tiyang ingkang ngabekti dhatengPaduka saha mangertos dhateng dhawuhPaduka, sami ngguyubana kawula.

Page 287: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 119.80–86 28680Kawula kasagedna mbangun-turutdhateng dhawuh Paduka kalayanéklasing manah, sarta katebihna sakingkwirangan.81Kawula ngajeng-ajeng pangluwaranpeparing Paduka, pangandika Padukaingkang kawula ajeng-ajeng,82Mripat kawula pendul sakingngajeng-ajeng dhateng katetepaningjanji Paduka, pangucap kawula,"Mbénjing menapa Paduka rawuh paringpitulungan dhateng kawula?"83Senajan kawula sampun tanpa ginakados impes ingkang garing kisut,éwasemanten inggih mboten supédhateng dhawuh Paduka.84Kantun pinten umuripun abdi Paduka?Mbénjing menapa enggèn Paduka badhéngadili tiyang-tiyang ingkang nyia-nyiakawula?85Tiyang angkuh ingkang mbotenmiturut ing dhawuh-dhawuh Paduka,menika sami ndhudhuk jugangan kanggékawula.86Sakathahing dhawuh Paduka menikaleres, kawula dipun oyak-oyak tanpasebab, pramila mugi Paduka pitulungi.

Page 288: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 119.87–93 28787Mèh-mèh kémawon tiyang-tiyangwau badhé mejahi kawula, éwasemantenkawula mboten nilar dhateng dhawuhPaduka.88Kawula mugi Paduka lestantunakengesang, awit saking sih-katresnanPaduka, supados kawula saged netepidhawuh Paduka.89Dhuh Allah, sih-kadarman Paduka,menika langgeng kados wonten ingswarga.90Kasetyan Paduka menika turun-temurun, bumi Paduka papanakenkalayan sentosa, mila lestantunselaminipun.91Sedaya tumitah lestantun sepriki,margi saking prenatan Paduka;sawernining tumitah sami dados abdiPaduka.92Menawi angger-angger Padukamboten dados kabingahan kawula,mesthi kawula sampun sami tiwasdéning karibedan.93Kawula badhé mboten kesupèndhateng dhawuh Paduka ing selami-laminipun, awit inggih menikamarginipun Paduka nggesangakenkawula.

Page 289: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 119.94–100 28894Kawula menika kagungan Paduka,pramila mugi Paduka pitulungi, awitingkang kawula angen-angen menikadhawuh Paduka.95Tiyang duraka sami ndingkik kawula,badhé dipun tumpes, mangka ingkangkawula manah menika dhawuh Paduka.96Kautamènipun manungsa menikawonten watesipun, nanging dhawuhPaduka menika sampurna, tanpawangenan.97Kawula remen sanget dhatengdhawuh-dhawuh Paduka, sadinten-dinten tansah kawula raos-raosaken.98Dhawuh Paduka paring kawicaksanandhateng kawula, ngantos ngungkulisatru-satru kawula, margi dhawuhPaduka dumunung wonten ing manahkawula ing selaminipun.99Pangertosan kawula langkung kathahketimbang kaliyan guru-guru kawula,margi kawula ngraos-ngraosakenpiwulang Paduka.100Kawula langkung wicaksanaketimbang kaliyan tiyang-tiyang sepuh,margi kawula netepi dhawuh Paduka.

Page 290: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 119.101–108 289101Kawula nyingkiri sawerniningpendamel awon, awit kawula badhéngèstokaken dhawuh Paduka.102Kawula mboten nyimpang sakingdhawuh Paduka, awit Paduka menikaguru kawula.103 Iba manisipun raosing pangandikaPaduka, ngungkuli legining madu wontening ilat kawula.104Dhawuh Paduka paring kapinterandhateng kawula, pramila kawula sengitdhateng pendamel nasar.105Pangandika Paduka menika dadosdilah ing ngajenging suku kawula, sartadados pepadhang tumraping margikawula.106Kawula sampun supaos lan inggihbadhé kawula tetepi, bilih kawula badhéngèstokaken dhawuh Paduka ingkangsipat leres menika.107Dhuh Allah, sanget-sanget enggènkawula tinindhes, mugi kawula Padukaparingi gesang, laras kaliyan janjiPaduka.108Dhuh Allah, mugi kersa nampipamuji sokur kawula, lan mugi kersamemulang dhateng kawula bab dhawuhPaduka.

Page 291: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 119.109–116 290109Gesang kawula tansah ngadhepibebaya, nanging kawula mboten supédhateng dhawuh Paduka.110Tiyang duraka sami masangi kaladhateng kawula, éwadéné kawulamboten nylèwèng saking dhawuhPaduka.111Dhawuh Paduka menika pusakakawula ingkang langgeng; awit menikadados kabingahaning manah kawula.112Kawula sampun mantep badhéngèstokaken dhawuh Paduka, selamikawula gesang.113Kawula éwa dhateng tiyang ingkangmboten setya dhateng Paduka, nangingkawula remen dhateng dhawuh Paduka.114Paduka menika pengayoman lantetamèng kawula, kawula ngantos-antosdhateng janji Paduka.115Hé para wong kang senengnylèwèng, padha sumingkira saka aku,aku arep netepi dhawuhé Allahku.116Kawula mugi Paduka sentosakaken,laras kaliyan janji Paduka; supadoskawula gesang sarta sampun ngantoskwirangan menggahing pengajeng-ajengkawula.

Page 292: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 119.117–123 291117Kawula mugi Paduka cepengisupados wilujeng, sarta tansahkesengsem dhateng dhawuh Paduka.118Sakathahing tiyang ingkangnylèwèng saking dhawuh Paduka,menika sami tanpa aji ing ngarsaPaduka; paékanipun menika tanpa gina.119Sakathahipun tiyang duraka samiPaduka bucal kados larahan, mila kawularemen dhateng dhawuh Paduka.120Badan kawula gemeter awit sakingajrihipun dhateng Paduka, kawula ajrihsanget dhateng paukuman Paduka.121Kawula sampun ngèstokakensakathahing dhawuh lan kaleresanPaduka, sampun ngantos kawula Padukaulungaken ing tanganipun tiyang ingkangnganiaya.122Paduka mugi kersa nanggelkawilujenganipun abdi Paduka, amrihsaénipun. Tiyang angkuh sampunngantos nganiaya dhateng kawula.123Mripat kawula cecengklungendhateng pitulungan ingkang Padukajanjèkaken, sarta ngantos-antoskatetepaning janji Paduka ingkang adil.

Page 293: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 119.124–131 292124Abdi Paduka kaganjara ingkang laraskaliyan sih-kadarman Paduka, sartamugi Paduka wulang dhawuh Paduka.125Kawula menika abdi Paduka, mugiPaduka paringi pangertosan, murihkawula mangertos dhateng pepèngetPaduka.126Dhuh Allah, sampun wekdalipunPaduka tumindak, margi tiyang saminerak dhawuh Paduka.127Kawula remen dhateng dhawuhPaduka, ngungkuli emas ingkang saépiyambak.128Sakathahing dhawuh Padukamenika kawula anggep leres, nangingsawernining panylèwèng saking dhawuhPaduka, kawula sengiti.129Piwulang Paduka menika élokngédab-édabi, mila kawula èstokakenkalawan gumolonging manah.130Ketrangan bab pangandikaPaduka menika paring pepadhang, lankawicaksanan tumrap tiyang ingkangmboten gadhah pangertosan.131Saking remen kawula dhatengpangandika Paduka, kawula ngantosmegap-megap.

Page 294: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 119.132–140 293132Mugi kersa nolèh dhateng kawulakalayan sih-rahmat Paduka, kadosenggèn Paduka mirsani dhateng sedayatiyang ingkang asih dhateng Paduka.133Kawula mugi Paduka jagi sampunngantos dhawah, sampun ngantoskawula Paduka tégakaken, sampunngantos dipun kwaosi déning piawon.134Kawula mugi kaluwarana sakingtiyang ingkang nindhes dhateng kawula,mila kawula badhé ngèstokaken dhawuhPaduka.135Kawula mugi Paduka berkahi sranaenggèn kawula nunggil Paduka, lannampèni piwulang bab dhawuh Paduka.136Kawula sedhih nangis crocosan,margi saking kathahipun tiyang ingkangmboten netepi dhawuh Paduka.137Dhuh Allah, Paduka menika adil, landhawuh Paduka menika leres.138Prenatan peparing Paduka, menikaadil lan leres sedaya.139Manah kawula bentèr kadosurubing latu, margi satru kawula saminglirwakaken dhawuh Paduka.140 Janji Paduka menika mantep sanget,mila kawula géndholi saèstu.

Page 295: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 119.141–147 294141Kawula tiyang alit sarta mbotenkajèn, nanging mboten supé dhatengdhawuh Paduka.142Pengadilan Paduka menika lereslanggeng selaminipun, mekatenugi dhawuh Paduka menika dhapurkayektosan.143Kawula ngalami karibedan tuwingiris, nanging dhawuh Paduka samidados kabingahan kawula.144Pepènget-pepènget Paduka menikaselaminipun leres, kawula kaparinganapangertosan, supados kawula tetepgesang.145Kawula ndedonga kalawangumolonging manah, dhuh Allah, mugiPaduka sembadani, sarta kawula badhénetepi dhawuh Paduka.146Kawula sesambat dhateng Paduka,mugi kawula Paduka pitulungi, kawulabadhé ngèstokaken dhawuh pepèngetPaduka.147 Ing wanci énjing umun-umunkawula sampun tangi sesambatnyuwun pitulungan, kawula namungngajeng-ajeng kelampahaning janjiPaduka.

Page 296: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 119.148–154 295148Sedalu muput kawula mboten tilem,ngraos-ngraosaken pangandika Paduka.149Dhuh Allah, mugi miyarsakakenpandonga kawula, awit saking sih-kadarman Paduka, sarta kawula mugikalestantunaken gesang, miturutprenatan Paduka.150Tiyang ingkang ngangkah damelawon dhateng kawula sampun saminyelak, inggih tiyang-tiyang ingkangnylèwèng saking dhawuh Paduka.151Nanging dhuh Allah, Paduka menikacelak, lan dhawuh Paduka menikasedaya leres.152Sampun lami kawula mangertosbilih dhawuh Paduka menika kanggéselami-laminipun.153Paduka mugi mirsani dhatengkesrakatan kawula, sarta kawulakaluwarana, awit kawula mboten supédhateng dhawuh-dhawuh Paduka.154Paduka mbélanana prekawiskawula, saha kawula mugi Padukaluwari, menapa malih mugi Padukalestantunaken gesang miturut janjiPaduka.

Page 297: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 119.155–162 296155Tiyang awon mboten badhé Padukapitulungi, margi sami mboten netepidhawuh Paduka.156Dhuh Allah, sih-piwelas Padukamenika kathah, kawula mugi Padukalestantunaken gesang miturut janjiPaduka.157Kathah tiyang ingkang nguya-uyakawula, nanging kawula mbotennylèwèng saking pepènget Paduka.158Kawula éwa dhateng tiyang ingkangsami seneng goroh, déné sami mbotenngèstokaken dhawuh Paduka.159Paduka mugi mirsani, bilih kawularemen dhateng dhawuh Paduka! DhuhAllah, mugi Paduka nglestantunakenkawula gesang, awit saking sih-kadarman Paduka.160 Isining pangandika Paduka menikakayektosan, lan dhawuh-dhawuh Padukamenika sedaya leres selami-laminipun.161Kawula dipun kuya-kuya déningpara pengageng tanpa sebab, nangingmanah kawula namung ajrih dhatengpangandika Paduka.162Kawula bingah awit saking janjiPaduka, kados tiyang ingkang angsaljarahan kathah.

Page 298: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 119.163–170 297163Kawula sengit dhateng tembunggoroh, nanging remen dhatengdhawuh-dhawuh Paduka.164Kawula memuji Paduka sedintenkaping pitu, margi dhawuh-dhawuhPaduka menika leres.165Tiyang ingkang remen dhatengdhawuh-dhawuh Paduka, menika samingalami katentreman, lan mbotenwonten ingkang murugaken samidhawah.166Dhuh Allah, kawula ngajeng-ajengpitulungan Paduka, sarta nglampahidhawuh Paduka.167Kawula mbangun-turut dhatengpepènget-pepènget Paduka, inggihmenika ingkang kawula remeni.168Pepènget lan dhawuh Padukamenika sami kawula tetepi. Paduka pirsasedaya ingkang kawula lampahi.169Dhuh Allah, pesambat kawulakaaturaken wonten ing ngarsa Paduka,kawula kaparingana pangertosan cocogkaliyan janji Paduka.170Pesambat kawula mugi Padukapiyarsakaken, kawula mugi kaentasnamiturut janji Paduka.

Page 299: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 119.171–120.1 298171Lambé kawula badhé memujiPaduka, margi Paduka sampunmulangaken dhawuh Paduka dhatengkawula.172Kawula badhé ngidungaken dhawuh-dhawuh Paduka, awit dhawuh-dhawuhPaduka menika leres.173Asta Paduka mugi cumepakmitulungi kawula, awit kawula remendhateng dhawuh-dhawuh Paduka.174Dhuh Allah, pitulungan Padukaingkang kawula ajeng-ajeng, sahadhawuh-dhawuh Paduka ndadosnakabingahan kawula.175Kawula mugi kaparingana gesang,supados kawula memuji dhatengPaduka, saha dhawuh Paduka dadosapitulungan kawula.176Kawula menika kesasar kadosménda ingkang ketriwal. Paduka kersaarawuh madosi kawula, abdi Paduka,margi kawula mboten nglirwakakendhawuh Paduka.

1201Kidung jiarah. Sajroningkarubedanku aku sesambat

marang Allah, banjur disembadani.

Page 300: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 120.2–121.3 2992Dhuh Allah, mugi nguwalaken kawulasaking tiyang ingkang seneng goroh, lantiyang ingkang ngapusi.3Hé wong goroh, kowé bakaldikapakaké déning Allah? Saibaenggonmu bakal diwales déning Allah!4Ngagem panahé kang ampuh, lannganggo mawa sing mengangah.5Adhuh cilaka aku, manggon ingantaramu; iku padha karo manggoning tanah Mèsèkh, kaya manggon ingantarané wong Kédar.6Lawas temen enggonku manggonbebarengan karo wong sing sengit karourip rukun.7Aku seneng rukun, lan saben-sabenaku ngucap bab pirukun, wong-wongmau padha milih perang.

1211Kidung jiarah. Mripatkundeleng marang gunung-

gunung; pitulunganku asalé saka ingngendi?2Pitulunganku asalé saka Allah, kangnitahaké langit lan bumi.3Panjenengané bakal ora négakakékowé tiba; kang ngreksa kowé bakalsiyaga.

Page 301: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 121.4–122.5 3004Kang ngreksa Israèl ora bakal ngantukutawa saré.5Allah kang ngreksa kowé, Allah ikupengayomanmu; Panjenengané ana ingsandhingmu lan ngreksa marang kowé.6 Ing wayah awan kowé ora bakalkepanasen déning srengéngé, utawa ingwayah bengi déning rembulan.7Kowé bakal direksa déning Allah,kauwalaké saka sakèhé bebaya,Panjenengané bakal mitulungi kowé.8Allah bakal ngreksa mlebu-metumu,wiwit samengko tekan ing selawasé.

1221Kidung jiarah anggitanéDawud. Aku bungah menawa

ana wong ngajak aku, "Ayo padhamunggah menyang Pedalemané Allah."2Hé Yérusalèm, saiki aku wis tekankéné, ngadeg ing sajroning gapuramu.3Yérusalèm kuwi kutha sing kabangunéndah, ditata rapi ngresepaké.4Para bangsa padha jiarah mréné,yakuwi taler-taleré Israèl, padha saossokur marang Pangéran, cocog karodhawuhé.5Para ratuné Israèl turuné Dawud,padha pinarak ing kéné, ngadili umaté.

Page 302: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 122.6–123.3 3016Padha nyuwuna katentreman kanggoYérusalèm: "Diganjara karaharjansakèhé wong kang tresna marangYérusalèm.7Tentrem rahayu anaa ing sajroningbètèngmu, karaharjan anaa ingkedhatonmu."8Krana saka para sedulur lan paramitraku aku ngucap, "Tentrem rahayuanaa ing kowé!"9Krana saka Pedalemané Pangéran,Allahku, aku bakal tansah nyenyuwunkanggo keslametanmu!

1231Kidung jiarah. Dhuh Allah,kawula tumenga dhateng

Paduka, ingkang pinarak wonten ingswarga.2Kados mripating abdi ningali dhatengastaning bendaranipun, sarta mripatipunréncang èstri ngawasaken astaningbendaranipun èstri, kados mekatenmripat kawula ningali dhateng Pangéran,Allah kawula, ngantos-antos rentahingsih-piwelasipun.3Dhuh Allah, kawula mugi sami Padukawelasi, inggih mugi Paduka welasi, margikawula sampun mboten betah dipunsewenang-wenang.

Page 303: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 123.4–125.1 3024Kawula sampun mboten tahan nampi,pamoyokipun tiyang-tiyang angkuh.

1241Kidung jiarah anggitanéDawud. Yèn ajaa Allah

piyambak kang ngreksa marang kita,kaya apa kaanan kita hé, Israèl?2 "Yèn ajaa Allah piyambak kangngayomi kita, nalika kita padha diserang,déning mungsuh-mungsuh kita,3kita mesthi wis diuntal urip-uripan,sajroning mulad-mulading nepsunémarang kita.4Kita mesthi kakéntiraké déning banjir,lan mesthi wis padha kleleb;5kita mesthi wis padha kesilep ingsajroning ombak sing molak-malik."6Pinuji-pujia Allah kang ora ngulungakékita supaya kasirnakaké déningmungsuh.7Kita padha oncat kaya manuk sakakalané wong mikat, kalané rantas, kitanuli padha bébas.8Pitulungan kita iki asalé saka Allahkang nitahaké langit lan bumi.

1251Kidung jiarah. Sakèhé wongkang precaya marang Allah,

kuwi padha kaya Gunung Sion, kang oraobah-obah, langgeng selawasé.

Page 304: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 125.2–126.3 3032Kaya déné Yérusalèm dikepung inggunung, kaya mengkono anggoné Allahngreksa marang umaté, wiwit saiki tekanselawasé.3Wong ala ora bakal suwé anggonénjajah tanahé wong mursid, supayawong mursid mau aja nganti kepeksanindakaké piala.4Dhuh Allah, Paduka mugi maringikasaénan dhateng tiyang ingkang saé,inggih tiyang-tiyang ingkang netepidhawuh Paduka.5Nanging tiyang duraka mugi Padukasirnakaken sareng kaliyan tiyang ingkangnilar dhawuh Paduka. Israèl kaparinganatentrem rahayu!

1261Kidung jiarah. Nalika Allahngulihaké kita menyang

Yérusalèm, rasané kaya wong ngimpi.2Nalika semono kita padha ngguyulan surak-surak merga saka bungahkita. Bangsa-bangsa liya padha kandha,"Allah wis gawé kaélokan gedhé kanggobangsa kuwi."3Pancèn, Allah wis nindakaké kaélokankanggo kita! Iba begja kita!

Page 305: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 126.4–127.4 3044Dhuh Allah, Paduka mugi mangsulakenkawontenan kawula, kados jawahingkang mangsulaken lèpèn asat.5Tiyang ingkang nyebar wiji kalayannangis, mesthi badhé ngundhuh kalayansurak-surak.6Lungané karo nangis nggawa wijising bakal disebar, baliné karo bungah,ngusung panènané.

1271Kidung jiarah anggitanéSuléman. Menawa dudu Allah

kang yasa omah, tanpa gawé tukangéolèhé nggarap. Menawa dudu Allah kangngreksa marang negara, tanpa gawéwong jaga anggoné melèk.2Tanpa gawé enggonmu tangi umun-umun, enggonmu nglakoni melèk tekantengah wengi, enggonmu manganpametuné kasusahan, yèn dudu Allahkang nindakaké, sebab para kekasihéAllah padha kaparingan sajroning lagituru.3Anak-anak lanang kuwi peparingéAllah, wohing wetengan kuwi ganjarané.4Kaya panah ing tangané prejurit, kayamengkono anak lanang tumraping bapaknalika nomé.

Page 306: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 127.5–129.1 3055Begja wong sing duwé panah akèhkaya mengkono, wong mau bakal oraisin samasa ketemu lawanané ana inggedhong musawarah.

1281Kidung jiarah. Begja sabenwong sing ngabekti marang

Allah, lan sing ngambah dalan pitedahé.2Kowé bakal mangan pametunépegawéanmu, uripmu bakal kebakkabungahan lan mubra-mubru.3Rabimu bakal kaya wit anggursing awoh ana ing njero omah. Lananak-anakmu lanang presasat wit-witzaitun nom, kang ngepung ing méjamu.4Kaya mengkono kena dipesthèkakéwong kang ngabekti marang Allahenggoné kaberkahan.5Allah mberkahana kowé saka ingSion, sarta kowé muga weruha kuthaYérusalèm, saya tambah makmur,sajegmu urip.6Karomenèh dawaa umurmumenangana anak-putumu. Tentremrahayu anaa ing Israèl!

1291Kidung jiarah. PangucapéIsraèl, "Banget enggonku

diganggu ing wong, wiwit nom mula.

Page 307: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 129.2–130.2 3062Anggonku nandhang karubedan wiwitaku isih nom, nanging aku ora bisadikalahaké.3Gegerku ditatoni nganti jero, presasatsawah sing diluku.4Nanging Allah kang mahaadil ngluwariaku saka bandané wong duraka."5Wong sing sengit marang Sion bakalkwirangan lan digawé mundur.6Wong mau bakal kaya suket singthukul ing payoné omah, sing alumsadurungé dibedhol.7Yèn dierit ora ana sagegem, yèndibongkok ora dadi sabopongan.8Wong sing liwat ora ana singnggatèkaké, karo muni, "Allahmberkahana kowé. Kowé dakpujèkakébecik atas asmané Allah."

1301Kidung jiarah. Sakingtelenging batos ingkang putek,

kawula sesambat dhateng Paduka, dhuhAllah.2Dhuh Gusti, mugi miyarsakakenpanjerit kawula! Pesambat kawulanyuwun pitulungan, mugi Padukasembadani!

Page 308: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 130.3–131.2 3073Menawi Paduka ngèngeti dhatengpiawonipun tiyang, dhuh Pangéran,sinten ingkang saged lestantun?4Nanging Paduka sampun paringpangapunten, supados tiyang sami ajrihdhateng Paduka.5Aku ngarep-arep marang pitulunganéAllah, aku ngandel karo janjiné.6Enggonku nganti-anti marangPangéran cecengklungen, ngluwihi wongjaga ngarep-arep wayah ésuk.7 Israèl, ngandela marang Pangéran,awit Panjenengané iku asih-darma, lanselawasé kersa paring pitulungan.8Panjenengané bakal mitulungi Israèl,umaté, uwal saka sakèhé dosané.

1311Kidung jiarah anggitanéDawud. Dhuh Allah, kawula

sampun mboten angkuh malih, sahasampun nilar watak gemunggung.Kawula mboten nggayuh dhatengingkang inggil-inggil, sarta mbotenmbujeng dhateng prekawis-prekawisingkang mokal tumraping kawula.2Kosokwangsulipun, kawula sampunmarem lan tentrem; presasatlaré ingkang mèndel wonten ing

Page 309: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 131.3–132.8 308

géndhongané biyungipun, inggihmekaten tentreming nyawa kawula.3Precayaa marang Allah, hé Israèl,wiwit saiki lan ing selawasé!

1321Kidung jiarah. Dhuh Allah,Paduka mugi ngèngeti dhateng

Dawud lan sakathahing kangèlanipun.2Mugi ngèngeti dhateng janjinipun,inggih dhateng sumpahipun dhatengPaduka, Allahipun Yakub.3 "Kawula mboten badhé wangsulmlebet ing griya, utawi mapan tilem ingpatileman kawula,4 (132:3)5menawi kawula dèrèng manggihakenpanggènan kanggé Pangéran, inggihdalem kagem ingkang Mahakwaos,Allahipun Yakub."6Ana ing Bètléhèm kita wis padhangrungu bab Pethining Prejanjian, kangana ing tanah lebak ing daérah Yéarim.7Pangucap kita, "Payo kita padha mlebumarang Pedalemané Allah, padha sujudana ing ngarsané dhamparé."8Dhuh Allah, Paduka mugi rawuhing papan palereman Paduka, ingngriku wonten Pethining Prejanjian,

Page 310: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 132.9–14 309

pretandhaning pangwaos Paduka, sahamugi dedalem ing ngriku selaminipun.9 Imam-imam Paduka mugi selaminipunnindakaken kaleresan, saha umatPaduka sami surak-suraka awit sakingbingahipun.10Mugi Paduka sampun nampik dhatengpandonganipun abdi Paduka Dawud,sampun nampik dhateng raja ingkangPaduka jebadi.11Allah wis dhawuh marang Dawudkanthi supaos, kang mesthi oradibatalaké, pangandikané, "Turunirabakal Daklungguhaké ana ingdhamparmu.12Angger turunmu tetep ngèstokakéjanji-Ku, sarta sakèhé prenatan kangDakwulangaké marang dhèwèké. Dadinéanak-putuné turunmu mau iya bakalpadha lungguh ing dhamparmu, ingselawas-lawasé."13Sebab Allah wis milih Sion,dikersakaké dadi Pedalemané.14Pangandikané, "Ana ing kénépakèndelan-Ku selawasé, iya ing kénépedaleman-Ku, iya mengkono kersa-Ku.

Page 311: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 132.15–134.1 31015Sion bakal Dakcukupi kebutuhanékalawan lubèr, wongé mlarat bakalDakwaregi nganggo roti.16Para imamé bakal Dakberkahi ingsamubarang pegawéan kang dilakoni;sarta wong mursid bakal padhasurak-surak déning bangeté bungahé.17Ana ing kono anak-turuné Dawudbakal Dakdadèkaké raja agungsalah siji, ratu jebadan-Ku iku bakalDaklestarèkaké pepréntahané.18Mungsuhé bakal nandhangkwirangan, nanging kratoné Dawudbakal lestari tentrem lan makmur."

1331Kidung jiarah anggitanéDawud. Iba éndahé lan

ngresepaké, menawa umaté Allah uripépadha rukun.2Upamané kaya lenga jebad adi singndlèwèr saka sirahé Harun banjurmudhun ana ing jénggoté, nelesi gulunéjubahé.3Kuwi kaya ebuné Gunung Hèrmonsing mili nelesi gunungé Sion. Ana ingkono Allah ndhawahaké berkahé, uriplanggeng ing selawasé.

1341Kidung jiarah. Ayo padhamemuji marang Allah, hé

Page 312: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 134.2–135.7 311

sakèhé para abdiné, kang ngladosi ingPedalemané Allah ing wayah bengi.2Padha ndedongaa ana ing Pedalemanékaro ngulukaké tanganmu, sartamemujia marang Pangéran!3Pangéran kang nitahaké langit lanbumi, mberkahana kowé saka ing Sion!

1351Haléluya! Pujinen asmanéAllah, hé para abdiné kabèh,

2kang padha teka ngladosi ana ingPedalemané Allah, lan ana ing platarané.3Padha saosa puji marang Allah, sebabAllah iku becik, asmané padha kidungnanganggo masmur, sebab asmané ikuélok.4Allah wis milih Yakub, iya Israèl dadikagungané piyambak.5Satemené aku wis ngerti yèn Allah ikuMahaluhur, kaluhurané ngungkuli paradéwa.6Allah nindakaké apa sing dadi kersanéana ing swarga lan ing bumi, ing segaralan ing samodra jembar.7Panjenengané ndadèkaké mendhungmumbul ing pungkasané bumi, nitahakébledhèg bareng lan udan, lan angindiwetokaké saka simpenané.

Page 313: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 135.8–17 3128Ana ing Mesir Panjenengané numpespembarepé manungsa lan kéwan.9Ana ing kana Panjenengané gawémujijat lan kaélokan, ngukum SangPrabu lan para abdiné kabèh.10Panjenengané nelukaké bangsa-bangsa gedhé, lan matèni raja-raja kangkwasa, kayata:11Sihon, ratuné bangsa Amori, Og,ratuné bangsa Basan, lan sakèhé kratoning tanah Kenaan,12 sarta tanahé diparingaké dadidarbèké Israèl, umaté.13Dhuh Allah, Paduka selaminipuntetep dipun wartosaken, badhé dipundamel misuwur, ngantos turun-temurun.14Awit Allah ngreksa marang umaté,sarta melasi marang para kawulané.15Brahalané para bangsa wujudslaka utawa emas, gawéaning tanganémanungsa.16Padha duwé cangkem, nanging orabisa clathu, padha duwé mripat, nangingora bisa ndeleng.17Padha duwé kuping, nanging orabisa ngrungu, uga cangkemé ora anaambekané.

Page 314: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 135.18–136.4 31318Para wong sing gawé padha dadiakaya brahalané mau, mengkono ugasakèhé wong sing ngendelaké marangbrahala.19Hé wong Israèl, padha saosa pujimarang Allah, hé para umaté Allah,padha memujia asmané.20Hé para wong Lèwi, padha saosa pujimarang Allah, padha ngluhurna asmané,hé sakèhé wong kang ngabekti marangPanjenengané.21Pangéran kasaosana puji ana ingSion, Panjenengané kang ngedhaton ingYérusalèm. Haléluya!

1361Padha saosa puji marangAllah, awit Panjenengané iku

becik, sih-kasetyané langgeng selawasé.2Padha saosa puji marang Allahé paraallah, awit sih-kasetyané langgengselawasé.3Padha saosa puji marang Gustinépara gusti, awit sih-kasetyané langgengselawasé.4Mung Panjenengané piyambakkang nindakaké kaélokan gedhé, awitsih-kasetyané langgeng selawasé.

Page 315: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 136.5–14 3145Panjenengané nitahaké langit kanthikawicaksanan, awit sih-kasetyanélanggeng selawasé.6Kang ngedegaké bumi ana ingdhasaring segara, awit sih-kasetyanélanggeng selawasé.7Kang nitahaké srengéngé lanrembulan, awit sih-kasetyané langgengselawasé.8 Iya srengéngé kang ngwasani rina,awit sih-kasetyané langgeng selawasé.9Sarta rembulan lan lintang-lintangsing ngwasani wengi, awit sih-kasetyanélanggeng selawasé.10Kang nekakaké pepati marang anakmbarepé wong Mesir, awit sih-kasetyanélanggeng selawasé.11 Israèl banjur diirid metu saka ingkono, awit sih-kasetyané langgengselawasé.12Srana astané kang rosa lan lengenékang sekti, awit sih-kasetyané langgengselawasé.13Kang miyak banyuné Segara Teberau,awit sih-kasetyané langgeng selawasé.14 Israèl nuli disabrangaké metuing segara mau, awit sih-kasetyanélanggeng selawasé.

Page 316: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 136.15–24 31515Kang nglelepaké Raja Pringonsawadyabalané ing Segara Teberau, awitsih-kasetyané langgeng selawasé.16Kang ngirid lakuné ana ing segarawedhi, awit sih-kasetyané langgengselawasé.17Kang perang lan ngalahaké rajagedhé-gedhé, awit sih-kasetyanélanggeng selawasé.18Kang matèni ratu-ratu sing kwasa,awit sih-kasetyané langgeng selawasé.19Yaiku Sihon ratuné bangsa Amori,awit sih-kasetyané langgeng selawasé.20Lan Og ratu ing Basan, awitsih-kasetyané langgeng selawasé.21Tanahé banjur diparingaké dadi tanahpusaka, awit sih-kasetyané langgengselawasé.22 Iya dadi tanah pusakané Israèl,umaté, awit sih-kasetyané langgengselawasé.23 Iya Allah kang ngèngeti marangkita sajroning kita kasoran, awitsih-kasetyané langgeng selawasé.24Kang ngrebat kita saka tanganémungsuh kita, awit sih-kasetyanélanggeng selawasé.

Page 317: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 136.25–137.6 31625Kang paring pangan marang sakèhingtumitah, awit sih-kasetyané langgengselawasé.26Padha saosa puji marang Allah ingswarga, awit sih-kasetyané langgengselawasé.

1371Samasa kèlingan Sion, akubanjur padha ndhéprok karo

nangis, ana ing pinggiring kali-kali ingBabil.2Clempung-clempungku padhadakgantung ana ing wit arabah sing anaing kono.3Sebab ana ing kono aku padha dikonwong-wong sing nawan aku, supayanglagokaké kekidungan; wong singpadha nyia-nyia aku padha akon akubungah-bungah, pangucapé, "Aku padhakidungna kidungé Sion!"4Kepriyé bisaku ngidungaké kidungéAllah ana ing tanah manca?5Dhuh Yérusalèm, menawa aku lalimarang kowé, tanganku tengen dadiaapus!6 Ilatku kelèta karo cethakku, menawaaku lali karo kowé, yakuwi menawaYérusalèm ora dakmulyakaké dadipucaking kabungahanku.

Page 318: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 137.7–138.3 3177Dhuh Allah, Paduka mugi èngetdhateng bangsa Édom, ingkang nalikaYérusalèm karisak mungel, "Gempuren,gempuren sing tandhes, jugrugna ngantitekan pondhasiné pisan!"8Hé Babil, kowé bakal digempur; begjawong sing males penggawému sing alamarang aku.9Begja wong sing bakal nyekelbayi-bayimu, banjur dibantingi ing watu,nganti pecah sirahé.

1381Anggitané Dawud. DhuhAllah, Paduka badhé kawula

puji, kalayan gumolonging manah.Wonten ing ngajengipun para allah,kawula badhé ngidungaken masmurdhumateng Paduka.2Kawula badhé sujud madhep dhatengPedaleman Paduka ingkang suci, sahamemuji dhumateng asma Paduka, awitsaking sih lan kasetyan Paduka, lanngetingalaken bilih asma Paduka sahadhawuh Paduka menika luhur ngungkulisamukawis.3Samasa kawula sesambat, Padukanyembadani, saha nyantosakakenmanah kawula.

Page 319: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 138.4–139.2 3184Dhuh Allah, sakathahing para raja ingbumi badhé saos puji sokur dhatengPaduka, mergi sampun sami mireng babjanji Paduka.5Sarta sami badhé ngidungakenbab pangrèh Paduka, awit agengkaluhuranipun Allah.6Senajan Allah iku luhur, éwadénémenggalihé marang wong asor, lan wonggemunggung dititèni.7Menawi kawula ngalami karibedan,Paduka ngampingi kawula. Mengsah-mengsah kawula ingkang sami nepsusami Paduka lawan, saha kawula samikapitulungan déning pangwaos Paduka.8Dhuh Allah, Paduka badhéngrampungaken prekawis kawulasedaya; sih-kasetyan Paduka menikalanggeng selaminipun. Paduka sampunngantos nilar pakaryan ingkang sampunPaduka wiwiti.

1391Masmur anggitané Dawudkanggo pemimpin penyanyi.

Dhuh Allah, Paduka sampun njajagi sartapirsa menggah kawontenan kawula.2Kawula linggiha lan ngadega, Padukanguningani, senajan saking katebihanPaduka pirsa saosiking manah kawula.

Page 320: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 139.3–11 3193Kawula nyambut-damela utawi ngasoaPaduka pirsa, samukawis ingkang kawulatindakaken Paduka tliti.4Sebab sadèrèngipun ilat kawulakumecap, sedaya sampun Padukauningani, dhuh Allah!5Kawula Paduka apit-apit sakingwingking lan saking ngajeng, sartakawula tansah kaungkulan déning astaPaduka.6Kawruh ingkang mekaten menikainggil sanget tumraping kawula, ngantosmboten saged kawula nalar.7Saupami badhé ngoncati Roh Paduka,dhateng pundi enggèn kawula badhémlajeng, nilar tingal Paduka?8Saupami minggah dhateng swarga,Paduka wonten ing ngriku; utawi medhaking kuburanipun tiyang pejah, Padukainggih wonten ing ngriku.9Kawula mabura dhateng tebing Wétanpisan, sarta manggèn ing pinggiringbumi ingkang Kilèn piyambak.10Paduka inggih wonten ing ngrikununtun kawula, saha asta Padukamitulungi kawula.11Saupami kawula mungela, awakkukalimputana ing pepeteng, utawi,

Page 321: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 139.12–16 320

pepadhang kang nglimputi aku dadiawengi,12nanging pepeteng wau inggih mbotendados peteng tumraping Paduka, daluinggih sami padhangipun kados siyang,pepeteng inggih sami kados pepadhang.13 Inggih Paduka ingkang nitahakensaben péranganing badan kawula.Paduka ingkang mangun kawula wontening guwa-garbanipun biyung kawula.14Paduka kawula puji, margi enggènkawula katitahaken élok nggumunaken.Iba élokipun sekathahing pakaryanPaduka, prekawis menika kawula akenisaèstu.15Paduka pirsa nalika balung-balungkawula kawangun, nalika kawulakatitahaken wonten ing pasingidan,sarta tuwuh presasat kasulam wontenpanggènan ingkang samar; Paduka pirsakawula wonten ing ngriku.16Paduka pirsa kawula, sadèrèngipunkawula lair, sarta sakathahing dinten-dinten ingkang pinesthi kanggé kawulasampun kacathet wonten ing KitabPaduka; sadèrèngipun kelampahansetunggal-tunggala.

Page 322: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 139.17–23 32117Dhuh Allah, iba angèlipun nggayuhpenggalih Paduka, iba kathahingcacahipun.18Menawi badhé kawula wical temtulangkung kathah tinimbang wedhi.Menawi kawula nglilir, kawula taksihwonten ing ngarsa Paduka.19Dhuh Allah, tiyang duraka mugiPaduka tumpes, tiyang ingkang remenngwutahaken rah mugi kasingkirnasaking kawula.20Mekaten ugi tiyang ingkang wicantennggorohi Paduka, inggih ingkangngawon-awon dhateng asma Paduka.21Dhuh Allah, tiyang ingkang samisengit dhateng Paduka, menapa mbotenkawula sengiti? Tiyang ingkang mbaléladhateng Paduka, inggih mesthi kawulasengiti sanget.22Kawula sengiti saèstu, sarta kawulaanggep mengsah.23Dhuh Allah, kawula mugi Paduka titi-priksa, Paduka pirsani kawontenanipuning sanyatanipun, kawula mugi Padukauji, saha sapengangen-angen kawulamugi Paduka uningani.

Page 323: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 139.24–140.6 32224Mugi Paduka priksa, menapa lampahkawula nylèwèng, nunten Paduka tuntuning margi ingkang langgeng.

1401Masmur anggitané Dawudkanggo pemimpin penyanyi.

(140-2) Dhuh Allah, kawula mugi Padukauwalaken saking tiyang awon, sartaPaduka reksa sampun ngantos dhawahing tanganipun tiyang ingkang remennganiaya.2 (140-3) Ingkang sami ngenam-enampiawon wonten ing manah, lan sabendinten ngojok-ojoki ngawontenakentukar-paben.3 (140-4) Ilatipun presasat ilaté sawer,tembungipun presasat wisané sawermandi.4 (140-5) Dhuh Allah, Paduka mugingluwari kawula saking tanganipuntiyang duraka, saking tiyang ingkangremen nganiaya, ingkang ngangkahnjégal kawula.5 (140-6) Tiyang angkuh sami masangikala kanggé nyrimpung kawula,sami masang jeplakan lan jaringsamergi-mergi kanggé njiret kawula.6 (140-7) Unjukku marang Allahmengkéné, "Paduka menika Allah

Page 324: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 140.7–12 323

kawula, dhuh Allah, mugi miyarsakakendhateng pesambat kawula!"7 (140-8) Dhuh Allah, Pangéranpitulungan kawula ingkang sentosa.Paduka sampun ngreksa dhateng kawulaing salebeting peprangan.8 (140-9) Dhuh Allah, mugi sampunnjurungi pikajengipun tiyang duraka,rancanganipun damel piawon mugikagagalna.9 (140-10) Mengsah-mengsahkawula mugi sampun Paduka paringikemenangan, pangancamipun dhatengkawula mugi kadhawahna dhatengpiyambakipun piyambak.10 (140-11) Mugi kaesokna mawamurub! Sami kacemplungna ingsumur, ngantos mboten saged mentasselami-laminipun.11 (140-12) Tiyang ingkang remenmitenah mugi sampun ngantos lestantunmanggèn ing negari. Tiyang ingkangremen nyia-nyia kabujenga déningpiawonipun piyambak ngantos sirnababar-pisan.12 (140-13) Dhuh Allah, kawulasumerep bilih Paduka badhé paringkeadilan dhateng tiyang ingkang

Page 325: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 140.13–141.4 324

kasiya-siya, sarta mbéla prekawisipuntiyang papa.13 (140-14) Saèstu para tiyang mursidbadhé sami memuji dhateng asmaPaduka, sarta tiyang mursid badhélestantun manggèn wonten ing ngarsaPaduka.

1411Masmur anggitané Dawud.Dhuh Allah, kawula nyebut

dhateng Paduka, kawula mugi énggalPaduka rawuhi. Mugi miyarsakakenpesambat kawula.2Pandonga kawula mugi kaanggepakurban dupa wonten ing ngarsa Paduka,enggèn kawula ngangkat tangan kawulamugi kaanggepa kurban ing wancisonten.3Dhuh Allah, mugi kersa njagi dhatenglambé kawula, korining lambé kawulamugi Paduka reksa.4Manah kawula mugi katebihnasaking pepénginan ingkang awon, sartanglampahi pendamel-pendamel duraka,utawi tumut-tumut damel duraka kadostiyang ingkang murangsarak. Mugisampun ngantos kawula tumut nedhapasegahanipun ingkang éca-éca.

Page 326: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 141.5–10 3255Kajengipun kawula dipun gebag, tuwindipun welèhaken déning tiyang mursid,menika kula anggep katresnan. Nangingkawula badhé nampik kaurmatan sakingtiyang duraka, margi kawula mbotenkèndel-kèndel ndedonga nglawandhateng piawon-piawonipun.6Menawi para pengagengipun samikabanting saking pèrèng-pèrèngipunparang, para umat badhé mangertosbilih tembung kawula menika nyata.7Kados séla ingkang dipun pecah landipun remuk ing siti, inggih mekatenbalungipun tiyang menika badhé samipating glasah wonten ing sangajengingluwang kuburan.8Nanging kawula tetep pitados dhatengPaduka, dhuh Pangéran, Allah kawula,kawula ngungsi dhateng Paduka, mugiPaduka oncataken saking pejah!9Kawula mugi Paduka reksa sampunngantos kénging ing kala ingkang dipunpasang kanggé kawula, inggih jiretipuntiyang-tiyang awon.10Tiyang duraka sami dhawaha ingkala-jiretipun piyambak, nanging kawulamlampaha terus kanthi wilujeng.

Page 327: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 142.1–6 326

1421Kidung isi piwulanganggitané Dawud nalika ana

ing guwa; wujud pandonga. (142-2)Aku ngunjukaké pandonga marangAllah kanthi swara sora, seru anggonkunyenyuwun marang Panjenengané.2 (142-3) Pesambatku dakesokakéana ing ngarsané, sakèhé karibedankudakaturaké kabéh.3 (142-4) Samasa manah kawulasemplah, Paduka ingkang nedahakenkawula, menapa ingkang kedah kawulatindakaken. Ing margi ingkang kawulaambah, mengsah-mengsah kawula samimasang kala-jiret.4 (142-5) Sareng kawula nolèh ngiwanengen, mboten wonten tiyang ingkangngaruhaken kawula. Kawula mbotengadhah pangungsèn, mboten wontentiyang ingkang mrihatosaken kawula.5 (142-6) Dhuh Allah, dhateng Padukakawula sesambat, atur kawula, "Padukamenika Pangungsèn kawula, inggihnamung Paduka ingkang kawulabetahaken, kanggé gesang kawula ingdonya menika."6 (142-7) Paduka mugi miyarsakakenpesambat kawula, margi kawula mboten

Page 328: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 142.7–143.4 327

gadhah daya kekiyatan malih. Kawulamugi kauwalaken saking tiyang-tiyangingkang nguya-uya dhateng kawula,awit kekiyatanipun ngungkuli kekiyatankawula.7 (142-8) Kawula mugi Paduka luwarisaking raos semplah kawula, supadoskawula saged memuji asma Paduka.Para tiyang mursid badhé sami ngepangkawula kalayan bingah, menawi Padukanandukaken kawelasan dhateng kawula.

1431Masmur anggitanéDawud. Dhuh Allah, mugi

miyarsakaken pandonga kawula,mugi paring wangsulan awit sakingsih-kasetyan saha kaleresan Paduka!2Abdi Paduka mugi sampun Padukatarik dhateng pengadilan, sebab ingantawisipun tiyang gesang mbotenwonten setunggal kémawon ingkangresik wonten ing ngarsa Paduka.3Kawula dipun oyak-oyak déningmengsah kawula, sarta dipun bantinging siti, kasèlèhaken ing pakunjaraningkang peteng, presasat tiyang ingkangkaukum pejah.4Mila pikiran kawula dados bibrah, lanmanah kawula semplah sanget.

Page 329: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 143.5–10 3285Kawula ènget dhateng kawontenaning jaman rumiyin, ngraos-ngraosakensakathahing pendamel Paduka, sartangènget-ènget menapa ingkang Padukatindakaken.6Kawula lajeng ngegaraken tangankawula ndedonga dhateng Paduka;nyawa kawula ngorong dhateng Paduka,kados siti ingkang garing.7Dhuh Allah, kawula mugi énggalPaduka paringi wangsulan! Kawulasampun semplah! Mugi sampun ngaling-alingi wedana Paduka, menawi mboten,kawula temtu kados tiyang ingkangmedhak dhateng kubur.8Mugi saben énjing kawula Padukaèngetaken dhateng sih-kasetyan Paduka,margi kawula pitados dhateng Paduka.Mugi Paduka nyumerepaken margiingkang kawula ambah, awit nyawakawula ngangen-angen dhateng Paduka!9Dhuh Allah, kawula mugi Paduka rebatsaking tanganipun mengsah-mengsahkawula, awit kawula ngungsi dhatengPaduka!10Kawula mugi Paduka wulangnglampahi sakersa Paduka, awit Padukamenika Allah kawula, Roh Paduka

Page 330: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 143.11–144.4 329

ingkang asih-setya mugi nuntunlampah kawula wonten ing marginingkatentreman.11Dhuh Allah, kawula mugi Padukaluwari, miturut janji Paduka; kawulamugi Paduka entasaken saking karibedankrana keadilan Paduka.12Satru-satru kawula mugi Padukatumpes krana sih-kasetyan Paduka; sahasakathahipun tiyang ingkang ngrupekikawula mugi Paduka sirnakaken, awitkawula menika abdi Paduka!

1441Anggitané Dawud. PinujiaAllah, pengayomanku,

aku dilatih perang, siaga ngadhepipeprangan.2Panjenengané iku pengauban lanbètèng pengayomanku, kang mitulungiaku, tetamèng lan pengaubanku, kangnelukaké bangsa-bangsa marang aku.3Dhuh Allah, manungsa menikaajinipun menapa, déné kok Padukagatosaken? Sinten ta manungsa menika,déné kok Paduka èngeti?4Manungsa menika rak sami kadosambekan, umuripun presasat ayang-ayangan ingkang kemlébat ical.

Page 331: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 144.5–11 3305Dhuh Allah, langit mugi kasuwèka lanPaduka tumunten tumedhaka; redi-redikagrayanga, sarta badhé ngedalakenkukus.6Mugi ngutus bledhèg, mengsah-mengsah mesthi badhé sami buyar. Muginglepasaken jemparing Paduka, temahsami badhé mlajeng.7Paduka mugi ngulungaken astaPaduka saking nginggil, sarta ngentaskawula saking toya ingkang lebet.Kauwalna kawula saking tanganipuntiyang ngamanca,8 ingkang selaminipun wicanten dora,sarta goroh, senajan sampun supaos.9Dhuh Allah, kawula badhé memujidhateng Paduka kalayan kidung énggal,badhé memuji kaliyan ngungelakenslukat.10Paduka ingkang paring kaunggulandhateng para raja, sarta ngluwari abdiPaduka Dawud.11Kawula mugi Paduka pitulungi,Paduka uwalaken saking pangwaosipuntiyang ngamanca, ingkang selaminipunwicanten dora, sarta goroh, senajansampun supaos.

Page 332: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 144.12–145.2 33112Mugi anak-anak kawula jaler wiwitnèm mila gesanga kados tanemaningkang kiyat ngrembaka. Anak-anakkawula èstri sami ngèmperana sakaukiran, ingkang ngrengga pojok-pojokingkedhaton.13Gudhang-gudhang simpenan kawulamugi sami kebaka tetedhan rupi-rupi.Ménda kawula sami bebranahana dadoséwon lan leksan wonten ing pangènankawula.14Lembu kawula sami kathahaanakipun, tanpa wonten ingkangkeluron. Ing margi-margi kawula mugisampun ngantos wonten panjeritipuntiyang ingkang dipun rodha-peksa.15Begja bangsa kang kaanané kayamengkono mau. Begja bangsa kangnganggep Pangéran dadi Allahé.

1451Kidung anggitané Dawud.Kawula badhé ngluhuraken

asma Paduka, dhuh Allah kawula, Ratukawula. Kawula badhé memuji asmaPaduka ing selaminipun.2Saben dinten kawula badhé memujiPaduka, asma Paduka badhé kawulaluhuraken ing selaminipun.

Page 333: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 145.3–10 3323Allah menika Mahaagung, sartasanget pinuji-puji, kaluhuranipun menikamboten saged dipun jajagi.4Saben turunan badhé nyuwurakenpakaryan Paduka, lan badhényariyosaken pangwasa Paduka.5Kawula badhé ngidungaken kamulyanlan kawibawan Paduka, lan badhéngraos-ngraosaken pakaryan padukaingkang élok.6Tiyang kathah sami badhémratélakaken pakaryaning pangwasaPaduka ingkang nggegirisi, saha kawulabadhé nyariyosaken agunging kamulyanPaduka.7Tiyang badhé sami nyariyosakenkasaénan Paduka, sarta surak-surakmemuji kaleresan Paduka.8Allah menika Mahaasih lan Mahawelas,kelangkung sabar lan sih-piwelasipun.9Allah menika loma dhateng sedayatiyang, lan kebak sih-rahmat dhatengsedaya titahipun.10Dhuh Allah, sawernining pakaryanPaduka sami ngalembana dhatengPaduka, lan para kekasih Paduka badhésami memuji dhateng Paduka.

Page 334: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 145.11–19 33311Sami badhé nyuwuraken kamulyaningkraton Paduka, sarta nyariyosakenpangwasa Paduka,12 supados anak-turunipun manungsasami kasumerepna dhateng pakaryanPaduka ingkang kebak pangwaos, sartakamulyaning kraton Paduka.13Kraton Paduka menika tanpa wiwitanlan tanpa wekasan. Paduka jumenengraja ing selami-laminipun. Allah menikasetya dhateng sedaya janjinipun, sartasedaya pendamelipun leres.14Tiyang ingkang ngalami ngrekaosdipun pitulungi, ingkang dhawah dipuntangèkaken.15Sakathahing mripat sami tumengangajeng-ajeng dhateng Paduka,lajeng sami Paduka paringi tedha ingwancinipun.16Sedaya Paduka paringi cekap, sartaPaduka tuwuki ing sakabetahanipun.17Sakèhé pangrèhé Allah iku bener, lansakèhé penggawéné kebak sih-kasetyan.18Gusti Allah celak karo sakèhé wongkang nyebut asmané, lan kang nyebutasmané kalayan tumemen.19Wong kang padha ngabekti marangPanjenengané padha dijurungi apa

Page 335: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 145.20–146.6 334

kekarepané, pesambaté dipiyarsakaké,sarta dipitulungi.20Allah ngreksa marang sakèhé wongkang tresna marang Panjenengané,nanging sakèhé wong duraka padhaditumpes.21Lambéku bakal nglairaké pujiné Allah,sarta sakèhé tumitah bakal memujiasmané kang suci selawas-lawasé.

1461Haléluya! Dhuh nyawaku,saosa puji marang Allah.

2Aku bakal ngluhuraké Allah sajegkuurip, Allahku bakal dakpuji nganggomasmur selawasé uripku.3Aja ngendelaké marang parapenggedhé, marang manungsa kang orakwasa mitulungi.4Samasa pecat nyawané banjur pulihdadi lebu, pinangkané, ing dina iku ugaapa sing dikarepaké, lebur.5Begja wong sing duwé AllahéYakub dadi juruslameté, wong kangpengarep-arepé mung marang PangéranAllahé.6Kang nitahaké langit lan bumi, segaralan saisiné kabèh, kang selawasé netepijanjiné.

Page 336: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 146.7–147.5 3357Kang paring adil marang wong kangdianiaya, ngolèhaké pangan marangwong kang keluwèn. Allah ngluwari wongsing ditawan.8Panjenengané ngelèkaké mripatéwong wuta, nangèkaké wong sing tiba,lan ngasihi para wong mursid.9Allah ngreksa marang wong neneka,bocah lola lan wong randha padhadisantosakaké, nanging dalané wongduraka diénggokaké.10Allah jumeneng Raja langgengselawasé. Allahmu hé Sion, ora éwahgingsir selawasé turun-temurun!Haléluya!

1471Haléluya! Ngidungaké pujinéAllah kuwi becik, dhasar

nengsemaké lan wis samesthiné wongngidungaké pamuji.2Allah mbangun kutha Yérusalèm, lannglumpukaké wong Israèl sing sumebar.3Wong kang semplah atiné padhadisentosakaké, sing tatu padha diblebed.4Panjenengané nemtokaké cacahélintang, padha disebut jenengédhéwé-dhéwé.5Allah kuwi gedhé kwasané, karosanélinuwih; kawicaksanané tanpa wates.

Page 337: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 147.6–14 3366Wong andhap-asor diangkat, nangingwong duraka diasoraké nganti amblesing bumi.7Padha ngidungna pujiné Allah nganggopamuji sokur, padha ngidungna pujinéAllah nganggo swaraning slukat!8Panjenengané kang nutupi langitnganggo mendhung, nyawisaké udankanggo bumi, nukulaké suket ana inggunung-gunung.9Sing maringi pakan marang kéwan,sarta marang anaké gagak samasapadha celuk-celuk.10Panjenengané ora rena marangkarosané jaran, uga ora rena karokekendelané prejurit.11Nanging Panjenengané rena marangwong kang ngabekti, sarta singngarep-arep marang sih-kadarmané.12Hé Yérusalèm, saosa puji marangAllahmu! Hé Sion, pujinen Allahmu!13Sebab Panjenengané kangnyentosakaké gapuramu, sartamberkahi anak-anakmu kang ana ingantaramu.14Panjenengané sing ndadèkakédaérahmu tentrem, sing maregi kowénganggo gandum sing becik dhéwé.

Page 338: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 147.15–148.4 33715Panjenengané paring dhawuhmarang bumi, lan apa sadhawuhé énggalkelakon.16Panjenengané nggelar salju kayaslimut, lan nyawuraké ès kaya awu.17Panjenengané nekakaké udan ès,sapa sing betah ngrasakaké atisé?18Panjenengané banjur paring dhawuh,mula ès padha ajèr kabèh. Panjenenganénekakaké angin, mulané banyu banjurmili.19Panjenengané paring pangandikamarang umaté, lan prenatan-prenatanémarang Israèl.20Ora ana bangsa liyané sing diganjarkaya mengkono, mulané bangsa-bangsapadha ora ngerti prenatané. Haléluya!

1481Haléluya! Padha saosa pujimarang Allah ana ing swarga!

Padha saosa puji ana ing ngaluhur!2Pujinen Panjenengané, hé sakèhémalaékaté, pujinen Panjenengané, hésakèhé bala-tantrané.3Pujinen Panjenengané, hé srengéngélan rembulan, pujinen panjenengané, hésakèhé lintang kang gumebyar.4Pujinen Panjenengané, hé sakèhélapisaning langit, apa déné banyu kang

Page 339: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 148.5–13 338

ana sandhuwuré awang-awang, padhasaosa puji!5Samubarang kabèh padha memujiamarang asmané Allah, sebabPanjenengané ngandika, tumulikabèh banjur ana.6Panjenengané dhawuh, nulisamubarang manggon ing papanédhéwé-dhéwé. Panjenengané paringpathokan sing ora kena dilangkahi.7Padha saosa puji marang Allah anaing bumi, hé sakèhé iwak gedhé lantelenging samodra.8Hé bledhèg lan udan ès, salju lanmendhung, lan angin lésus kang padhanglakoni dhawuhé Allah!9Hé gunung-gunung lan sakèhépunthuk, wit-witan lan sakèhé wit èrès,10hé sakèhé sato alasan lan sakèhékéwan, kang rumangkang lan kangnganggo swiwi.11Hé para raja ing salumahing bumi,lan sakèhé para bangsa, para penggedhélan sakèhé para pangwasa ing jagad,12hé para nonoman lan para prawan,para wong tuwa lan para wong nom.13Kabèh padha mujia marang Pangéran,sebab mung Panjenengané piyambak

Page 340: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 148.14–149.5 339

kang luhur, kamulyané nglimputi bumilan swarga.14Panjenengané kang nyantosakakéumaté, mulané diluhuraké déning sakèhéumat kang dikasihi, yakuwi umat Israèlkang rumaket marang Panjenengané.Haléluya!

1491Haléluya! Padha ngidungnapuji marang Allah nganggo

kidung anyar! Kidungna pujiné ana ingpasamuwané para wong mursid.2Hé Israèl, padha bungaha mergadéning Allah kang nitahaké kowé. Paraumat ing Sion padha surak-suraka,merga déning Ratumu.3Padha memujia asmané karojejogèdan, padha ngidungna masmurkonjuk ing asmané nganggo swaranéterbang lan clempung.4Awit Allah tresna marang umaté, parawong kesrakat bakal padha diganjarkeslametan.5Wong mursid padha surak-surakadéning bungah, merga enggonédiluhuraké, padha bungah-bungahasewengi muput!

Page 341: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MAZMUR 149.6–150.6 3406Padha ngluhurna marang Allahkalawan swara kang sora, karo nyekelpedhang landhep ing tangané,7kagawé males marang para bangsa,sarta ngukum marang para umat,8kagawé ngranté para ratuné, lanmblenggu para penggedhéné;9kanggo ngukum kaya sing wiskapacak ana ing dhawuh-dhawuhé Allah.Mengkono kemenangané para umatéAllah. Haléluya!

1501Haléluya! Padha saosapuji marang Allah ana ing

Pedalemané. Pujinen pangwasané kangana ing swarga!2Pujinen merga pakaryané kang élok,pujinen merga kaluhurané sing pinunjul.3Pujinen nganggo ngunèkaké slomprèt,pujinen nganggo clempung lan slukat.4Pujinen nganggo terbang lanjejogèdan, pujinen nganggo swaraningclempung lan suling.5Pujinen nganggo swarané kecèr kangkumrincing, pujinen nganggo kecèr kangramé swarané.6Sarupané kang urip padha saosa pujimarang Allah! Haléluya!

Page 342: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

Amsal

11Wulang Bebasan anggitanéSuléman, putrané Dawud, raja ing

Israèl.2Ditulis supaya ngolèhna kawicaksananlan kawruh, nganti kowé ngerti karotembung-tembungé wong wasis.3Lan piwulang sing marakaké pinter,weruh marang prekara sing bener,keadilan lan jujuring ati.4Srana mengkono wong sing orapengalaman bisa duwé kapinteran,para wong nom duwé pangerti lankawicaksanan.5Wulang Bebasan iki uga bisa nambahikawruh marang wong wicaksana lanpamrayoga marang wong wasis.6Mula ngerti maknané prekara kangkasimpen ing sajroning bebasan lan soalsing dirembug déning para wasis.7Pangabekti marang Allah iku etukingkawruh. Wong bodho ora ngajèni marangkawicaksanan lan wegah sinau.

Page 343: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 1.8–17 28Hé anakku, rungokna piwulangébapakmu, lan aja ninggal pituturéibumu.9Wewatekanmu bakal saya mundhakbecik, kaya makutha kembang ana ingsirahmu lan kalung ana ing gulumu.10Hé anakku, yèn kowé dibujuk déningwong ala aja kèlu.11Saupama dhèwèké muni, "Ayo mèluaku matèni wong! Wong sing ora salah.Maksudé mung kanggo seneng-seneng!12Kita cekel urip-uripan, lan kita patèni.Samasa wis rampung,13kita bakal olèh raja-brana rupa-rupa,lan omah kita, kita kebaki barang-barangrayahan.14Ayo mèlu aku, apa sing kita rampogkita darbèki bebarengan."15Hé anakku, aja srawung karo wongsing kaya ngono. Malah wong kuwisingkirana.16Wong ala mau yèn arep nglakonipiala ora sranta; rikat menawa arepngwutahaké getih.17Wong ala ora bisa njaring manuk, yènmanuké weruh enggoné masang jaringé,

Page 344: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 1.18–25 318nanging wong sing kaya mengkonomau masang kala-jiret tumrap awakédhéwé, sing bakal gawé tiwasé.19Wong sing karem bandha selawasémbayar nganggo nyawané, mengkonosing dialami déning saben wong singdhemen ngrodha-peksa.20Padha ngrungokna. Kawicaksananundang-undang ana ing dalan-dalan,ana ing pasar-pasar,21ana ing gapura lan ing ngendi waéana wong padha nglumpuk.22 "Hé wong gemblung, nganti piralawasé enggonmu arep nggemblungmengkono? Nganti pira lawaséenggonmu seneng memoyok? Ngantipira lawasé wong bodho enggoné nampikmarang kawruh?23Rungokna ta yèn dakkandhani. Kowéarep daktuturi lan dakwènèhi kawruhsing becik.24Kowé dakundang, dakkon teka,nanging ora gelem nolih lan ora gelemngrungokaké.25Kandhaku ora kokgugu, lan kowé oragelem dakélingaké.

Page 345: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 1.26–33 426Mulané yèn kowé nemu kasusahan,bakal dakgeguyu. Menawa katempuh ingbebaya, bakal dakpoyoki.27Tekané pagiris mono kaya prahara,nggawa karusakan kaya lésus, mulakowé bakal nandhang perih lankarubedan.28 Ing kono kowé bakal padha sambat-sambat, nanging bakal ora takwangsuli.Kowé bakal nggolèki aku saparan-paran,nanging bakal ora ketemu aku.29Sebab kowé selawasé nampikkawicaksanan, lan emoh mbangun-turutmarang Allah.30Kowé ora tau nggugu marangpituturku, lan ora nggatèkaké menawatakwelèhaké.31Mulané kowé nampa wohingpenggawému, lan ngrasakaké piwalesékelakuanmu.32Wong sing ora pengalaman padhamati merga nampik kawicaksanan. Wonggemblung padha nandhang karusakan,merga padha ora nggatèkaké.33Nanging sing sapa nurut marangaku, uripé bakal ayem, tanpa duwérasa kuwatir, merga kalis ing bilai kangnggegirisi."

Page 346: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 2.1–10 5

21Hé anakku, nanggapana pituturku,lan éling-élingen piwelingku.

2Pitutur sing wicaksana kuwi gatèknalan rasak-rasakna.3Nyuwuna sesurupan lan ngudiasupaya olèh pangertèn.4Udinen kaya yèn kowé golèk slakautawa raja-brana kapendhem.5Yèn kuwi koktindakaké, kowé ngertiapa tegesé ngabekti marang Pangéranlan nemu kawruh bab Gusti Allah.6Pangéran sing paring kawicaksanan;kawruh lan pangertèn pinangkané sakaPanjenengané.7Panjenengané sing paring pitulunganlan pengayoman marang wong mursidlan wong sing jujur.8Panjenengané ngreksa wong singtumindak adil, lan njagi wong sing setyamarang Panjenengané.9Menawa kowé ngrungokaké pituturku,kowé bakal ngerti bab sing bener, singadil lan sing becik. Kowé bakal ngertiapa sing kudu koklakoni.10Kowé bakal dadi wicaksana, lankawruhmu kuwi bakal gawé senengéatimu.

Page 347: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 2.11–20 611Kawicaksanan lan pangertèn bakalnjagani kowé,12 lan ngélingaké kowé samasa areptumindak sing ora bener. Kowé bakaldiedohaké saka wong-wong sing arepnasaraké,13yakuwi wong-wong sing ngungkurakédalané kabeneran, milih ngambahdalaning dosa,14 iya wong-wong sing seneng gawépiala lan bungah menawa nindakaképiala,15wong-wong sing saparipolahé orakena diprecaya.16Kowé bakal bisa nampik pambujukéwong wadon ala sing nyoba nggodha,17wong sing ora setya marang bojonédhéwé lan lali marang janjiné ingngarsané Allah.18Menawa kowé menyang omahéwong mau, kowé presasat marani pati.Nyedhaki wong mau padha karo mlebuing donyané wong mati.19Ora ana wong sing tau mrono bisabali menèh, ngambah dalaning urip.20Nulada lakuné wong becik, lan niruauripé wong mursid.

Page 348: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 2.21–3.8 721Wong sing uripé becik, lestari olèhémanggon ing tanah kéné.22Nanging wong duraka bakal padhakatumpes, kasirnakaké saka tanah kénékaya tanduran sing dibedhol saka lemah.

31Hé anakku, aja lali marangpituturku. Tansah élinga marang

piwelingku bab apa sing kudu koklakoni.2Piwulangku iki dadia mergané kowékaparingan umur dawa lan tentremrahayu.3Katresnan lan kasetyan aja pisan-pisan koktinggal. Iku kalungna inggulumu lan tulisen ing atimu.4Menawa koktindakaké kowé bakal olèhsih ing ngarsané Allah lan ing ngarepéwong.5Kumandela marang Allah kalawangumolonging atimu, lan aja ngendelaképanemumu dhéwé.6 Ing salaku-lakumu ngakonana marangAllah, lan Panjenengané bakal nuduhakékowé dalan sing bener.7Aja rumangsa pinter dhéwé;mbangun-turuta marang Allah lanngedohna piala.8Yèn kowé tumindak mengkono,kowé bakal diayomi, lelaramu

Page 349: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 3.9–18 8

bakal diwarasaké lan perihé atimudiènthèngaké.9Allah urmatana srana barang-darbèkmu, lan srana pametumu singwiwitan.10Srana mengkono, lumbungmu bakalkebak isiné, lan anggurmu bakal ngantilubèr-lubèr.11Hé anakku, aja nampik pamerdinéAllah, gatèkna lan gawénen pepéling.12Sapa sing dikasihi déning Allahdiperdi, iya kaya bapak enggoné merdimarang anak sing ditresnani.13Begja wong sing wicaksana lan duwépangertèn.14Kuwi ajiné ngungkuli slaka, lanregané ngungkuli emas murni.15Kawicaksanan kuwi luwih ajiketimbang karo watu aji, ngungkulisamubarang sing kokpéngini.16Kawicaksanan kuwi ngolèhaké umurdawa, kasugihan lan kaurmatan.17Merga saka kawicaksanan uripmubakal seneng lan ayem.18Wong sing wicaksana uripé bungah,sebab kawicaksanan kuwi dalaning urip.

Page 350: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 3.19–28 919Pangéran enggoné nitahaké bumisrana kawicaksanan; langit dipapanakéing panggonané kalawan kawicaksanan.20Merga saka kawicaksanané kali-kalipadha mili, lan mendhung nibakakéudan ana ing bumi.21Hé anakku, kawicaksanan lankapinteran mono aja nganti sumingkirsaka kowé, kuwi cekelana.22Kuwi sing nguripi kowé lan gawéuripmu seneng lan tentrem.23Lakumu bakal slamet, lan sikilmu orakesandhung.24Menawa mapan turu atimu bakalora kuwatir, lan turumu sewengi muputbakal kalawan kepénak.25Kowé bakal ora melang-melangbab pagiris sing tekané dadakan, kayakarusakan sing tekané kaya praharangebyuki wong duraka.26Pangéran bakal njaga kowé.Panjenengané bakal ora négakakésikilmu kena kala-jiret.27Aja nyandhet gawé kabecikanmarang wong sing butuh kabecikanmu.28Aja nyemayani enggonmu awèhpitulung marang tanggamu tekan sésuk,yèn bisa koktindakaké saiki.

Page 351: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 3.29–4.3 1029Aja ngrancang prekara sing bisagawé ruginé pepadhamu, sing srawungébecik karo kowé lan precaya marangkowé.30Aja madoni prekarané wong sing oratau gawé ala marang kowé.31Aja mèri karo wong sing senengngrodha-peksa, lan aja kepéngintumindak kaya wong mau,32 sebab Allah sengit marang wong singkaya mengkono. Nanging Panjenenganécelak karo wong mursid.33Omahé wong duraka didhawahipaukuman déning Allah, nanging omahéwong mursid diberkahi.34Allah nglawan wong gemunggung,nanging wong andhap-asor dikasihi.35Wong wicaksana olèh kaluhuran,nanging wong gemblung ngalamikwirangan.

41Hé anak-anakku, rungoknapiwulangé bapakmu. Gatèkna,

supaya kowé olèh pangertèn.2Piwulangku iki becik, mulanééling-élingen.3Nalika isih bocah, dadi saomah karobapakku, lan dadi anak ontang-antingéibuku,

Page 352: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 4.4–12 114aku diwulang déning bapakkumengkéné, "Tembungku iki gatèkna, lanaja koklirwakaké. Pituturku lakonana,mula kowé bakal urip.5Mersudia olèh kawicaksanan lanpangertèn; aja ninggal pituturku.6Aja nyingkur marang kawicaksanan,kowé bakal direksa. Kawicaksanan kuwitresnanana, kowé bakal digematèni.7Mersudia golèk kawicaksanan, kuwiprekara nomer siji sing kudu koklakoni.Kowé kena ngupaya apa waé, nangingnomer siji ngupayaa pangertèn.8Kawicaksanan kuwi tresnanana, kowébakal diluhuraké. Gondhèlana, supayakowé olèh kaurmatan.9Sirahmu bakal kapasangan bokèténdah, dadia makutha tandhaningkamulyan."10Hé anakku, rungokna, pituturku ikigatèkna temenan, mula umurmu bakaldidawakaké.11Kowé dakwulang bab dalanékawicaksanan lan ngambah dalaningkabeneran.12Menawa lakumu bener, ora anaprekara sing bisa ngalang-alangi kowé,

Page 353: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 4.13–21 12

lan senajan kowé mlayu, ora bakalkesandhung.13Tansah élinga bab apa sing wiskokrungu. Piwulang sing wis koktampaiki reksanen, sebab kuwi panguripanmu.14Aja ngambah dalané wong duraka.Aja niru lakuné wong ala.15Kuwi singkirana. Ngedohanapenggawé ala! Kuwi ungkurna lanterusna lakumu.16Wong duraka ora bisa turu menawadurung gawé piala. Olèhé turon klisikan,yèn durung gawé cilakané wong.17Penggawé ala lan pangrodha-peksakuwi presasat pangan lan ombèn-ombènkanggoné wong mau.18Dalan sing diambah wong mursidkuwi presasat pepadhang kang sumunaring wayah ésuk, sing mundhak-mundhakpadhangé nganti wayah tengangé.19Nanging dalané wong duraka petengkaya wengi. Padha kesandhung, nangingora weruh apa sing marakaké tiba.20Hé anakku, gatèkna tembungku.Rungokna kandhaku.21Aja koksingkur. Éling-élingen lancatheten ana ing atimu.

Page 354: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 4.22–5.3 1322Sebab kuwi sing nguripi kowé lanmarasaké saben wong sing ngerti lannggatèkaké.23Sing ngati-ati bab apa sing kokpikir.Sebab uripmu kuwi ditata déningpikiranmu.24Aja ngucapaké tembung sing oranyata. Aja seneng goroh lan ngucapakétembung sing nasaraké.25Mripatmu ngawasna mengarep kanthiati resik. Aja ndhingkluk merga isin.26Apa sing arep koktindakaké, gagasenlan pikiren dhisik sing mateng, dadinébakal becik.27Nyingkirana piala; lakumu singlempeng, aja ménggok ngiwa utawanengen, senajan mung sejangkah waé.

51Hé anakku, rungokna lan gatèknakawicaksanan lan pangertèn saka

aku.2Kowé bakal ngerti carané tumindaksing bener, lan saka tembungmu bakalketitik yèn kowé wong sing duwékawruh.3Bojoné wong liya lambéné bisa ugamanisé kaya madu lan yèn nucup alusékaya lenga wangi,

Page 355: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 5.4–13 144nanging yèn wis rampung ninggal rasapait lan perih.5Wong kuwi njorogaké kowé menyangpati, awit dalané wong mau pancènanjog ing pati.6Wong kuwi ora ngambah dalaningurip, lakuné nasar lan ora ngrumangsanipialané.7Hé anakku, rungokna! Aja lali karopituturku.8Wong wadon mengkono kuwi edohana.Aja pisan-pisan kokcedhaki!9Yèn ora, kowé bakal kélangankaurmatanmu; kowé bakal mati enomdéning tangané wong kang ambek siya.10Wong liya bakal ngrayah bandhamu,lan pituwasinga kangèlanmu bakal dipèkwong mau.11Kowé bakal sambat-sambat ana ingpeturon ngentèni ajalmu, merga daginglan ototmu wis rusak kabèh.12Kowé bakal getun lan ngucap,"Yagéné aku koknampik marangpamerdi? Yagéné aku biyèn kokoragelem diélingaké?13Kokora gelem ngrungokaké piwulangéguruku? Pituturé kokora dakgatèkaké?

apituwas: hasil.

Page 356: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 5.14–23 1514Lan saiki ngerti-ngerti aku wis orakajèn ing tengahé masarakat."15Setyaa marang bojomu dhéwé lankatresnanmu sokna kabèh marang wongmau.16Anak-anak olèhmu saka wong wadonliya ora nggawa berkah tumraping kowé.17Anak-anakmu dhéwé sing samasawis gedhé bakal mitulungi kowé, duduwong liya.18Mulané bebungaha karo bojomusepisanan,19prawan pilihanmu sing nengsemakékaya kidang, karebèn katresnanélan kepéncuté marang kowé gawébungahing atimu.20Apa gunané kowé nresnani wongwadon liya, hé anakku? Yagéné kowéluwih kepéncut karo bojoné liyan?21Gusti Allah pirsa samubarangkang koklakoni. Panjenengané mirsanisaparan-paranmu.22Dosa-dosané wong duraka kuwikala-jiret. Wong mau kejiret déningdosané dhéwé.23Matiné merga ora bisa ngendhalèniawaké dhéwé. Penggawéné sing ngawurnjalari patiné.

Page 357: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 6.1–11 16

61Hé anakku! Apa kowé janjinanggung utangé wong liya?

2Apa kowé kecancang karo tembungmudhéwé, kejiret déning janjimu dhéwé?3Yèn mengkono, hé anakku, kowédicengkerem déning wong mau. Caranéluwar saka wong mau mengkéné: énggalparanana, njaluka diluwari saka janjimu.4Aja mikir ngaso utawa turu dhisik.5Luwarana awakmu kaya manukutawa kidang lepas saka wong singmbebedhag.6Wong kesèd mono becik yèn uripé nirusemut.7Semut kuwi ora duwé pemimpin,penggedhé utawa pangrèh.8Nanging ing mangsa panas padhanandho pangan kanggo mangsabedhidhing.9Nganti pira lawasé wong kesèdlèyèh-lèyèh ing peturon? Kapan olèhéarep tangi?10 "Olèhku turu lagi sedhéla," kandhané,"Aku taksedhakep sedhéla engkas."11Nanging sajroné turu ketekankemiskinan kaya rampog nggawagegaman.

Page 358: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 6.12–21 1712Wong sing lakuné ala kuwi mrana-mréné nyebar tembung goroh.13Mripaté kedhap-kedhèp lan awèhsasmita kanggo njorogaké kowé,14karo ngrancang piala sing arepditindakaké. Maksudé gawé rerusuhsaenggon-enggon.15Merga penggawéné mau, wong kuwibakal ketekan bilai dadakan, dadi lanremuké tanpa kena dipulihaké menèh.16Ana pitung prekara sing disengitidéning Allah lan ora dadi renaningpenggalihé, yakuwi: Watak sing angkuh,ilat cidra, tangan sing ngwutahakégetihé wong sing ora salah, ati singngenam-enam penggawé ala, sikil singagé-agé marani piala, paseksi gorohmarambah-rambah, wong sing dhemenngedu wong sasedulur utawa mitra karomitra.17 (6:16)18 (6:16)19 (6:16)20Hé anakku, dhawuhé bapakmu ikièstokna, lan aja nglirwakaké pituturéibumu.21Tembungé tansah catheten ing atimu.

Page 359: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 6.22–31 1822Pitutur mau karebèn nuntun lakumusajroné kowé lelungan, njaga kowé ingwayah bengi, lan naséhati kowé ingwayah awan.23Pituturé mau minangka pepadhang.Piwelèhé minangka piwulang.24Bisa ngedohaké kowé saka wongwadon ala, lan saka pambujuké bojonéliyan.25Aja kena digodha déning ayuné rupa;utawa kejiret déning kedhèping mripaté.26Sundel cukup dibayar saregané rotisiji, nanging bojoné liyan njaluk bayaranapa saduwèké sing diajak laku ngiwamau.27Wong sing nggémbol geni apa oramesthi kobong sandhangané?28Wong sing ngidak mawa apa sikiléora mlenthung?29Ora béda karo wong sing turukaro bojoné liyan. Sapa sing nglakonimengkono bakal sangsara uripé.30Maling kuwi ora diisin-isin yènenggoné nyolong mung kanggo ngisèniwetengé merga keluwèn.31Éwadéné bareng kecekel, apa singdicolong mesthi kudu dilironi tikel pitu,apa saisiné omahé ditombokaké kabèh.

Page 360: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 6.32–7.6 1932Sing sapa mbédhang wong wadonkuwi tanpa budi, ngrusak nyawanédhéwé.33Sing sapa nglakoni mengkono, olèh-olèhané siksa lan wirang; kanisthanébakal ora diilangi.34Ora ana prekara sing gawé panasingatiné wong lanang kejaba cemburu.Pemalesé ora kena dialang-alangi.35Ora bakal gelem dilironi dhuwit;dhuwit pira waé ora bakal cukup kanggongendhakaké nepsuné.

71Hé anakku, pituturku lakonana. Ajapisan-pisan lali nindakaké welingku.

2Tembungku gugunen, temah kowébakal urip. Dingati-ati lan nastitienggonmu nglakoni pituturku, kayaenggonmu njaga maniking mripatmu.3Pituturku tansah gatèkna; cathetening atimu.4Kawicaksanan kuwi anggepensedulurmu wadon, lan pangertènanggepen mitramu kenthel.5Mula kowé bakal diedohaké sakabojoné liyan, saka wong wadon singdhemen golèk ati.6Nalika aku pinuju ngungak metu liwatjendhélané omahku,

Page 361: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 7.7–18 207aku weruh nonoman akèh lan ingantarané ana sing tanpa budi.8Nonoman mau liwat ing sacedhakéomahé sundel sing ana ing pojokingdalan.9Wayahé repet-repet ngarepaké bengi.10Wongé wadon banjur maraninonoman mau; enggoné menganggokaya sundel.11Lumrahé wong mau kanthi kendellan tanpa isin ngadeg ana ing pinggiringdalan12utawa ana ing pojoking prapatan,terkadhang uga ana ing pasar.13 Jaka mau banjur dirangkul,dipandeng lan diambungi, pangucapé,14 "Mau aku saos kurban lan olèhdagingé kurban.15Aku banjur metu arep nggolèki kowé,jebul kowé ana ing kéné!16Peturonku wis dakslèmèki kain lénakembangan saka Mesir.17Wis takkepyuri mur lan garub karomanis jangan.18Ayo padha bareng turu sewengimuput.

bgaru: gaharu: bangsanipun cendhana.

Page 362: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 7.19–27 2119Bojoku ora ana ing omah, merga lagilelungan adoh.20Nggawa dhuwit akèh lan rong mingguengkas lagi bali."21Kaya mengkono nonoman maudibujuk nganggo tembung singngresepaké atiné, mula kèlu karogunemé wong wadon mau.22Ora sranta nonoman mau ngetutakélakuné sundel, kaya sapi sing dituntunmenyang pejagalan, lan kaya wong alasing dibanda arep diukum23nganti jantungé suwèk kena ingpanah. Nonoman mau kaya manuk singmarani jaring, ora ngerti uripé kaancamdéning bebaya.24Mulané anak-anakku nggèr, rungoknapituturku. Kandhaku iki gatèkna.25Wong wadon sing mengkono kuwi ajakokwènèhi ati. Aja koktutaké lakuné.26Sebab akèh wong lanang sing ambruklan tiwas merga dhèwèké; cacahé wongsing tiwas mau ora kena diétung.27Omahé sundel kuwi dalan singanjog ing pati, dalan sing medhuning senthong-senthonging telengpalimengan.

Page 363: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 8.1–10 22

81Padha ngrungokna! Sang Wicaksananguwuh-uwuh. Kapinteran ngulukaké

swarané.2Panjenengané jumeneng ana ingtengger-tengger ing pinggiring dalan,lan ana ing prapatan-prapatan.3Ana ing ngarepé gapura ing butulanékutha, Panjenengané jumeneng lannguwuh-uwuh.4Ngendikané, "Hé para wong lanang,kowé sing takngendikani, hé sakèhémanungsa kang ana ing bumi.5Hé wong kang padha ora duwékawruh, golèka kapinteran, hé wonggemblung, padha duwéa nalar.6Padha ngrungokna, singtakkandhakaké iki prekara luhur.Kabèh sing takkandhakaké iki bener.7Tembungku iki nyata, aku sengit karotembung cidra.8Apa sing takkandhakaké kuwi bener,aku ora ngapusi utawa nasaraké.9Tumraping wong sing duwé pangertèn,kabèh kuwi cetha; kabèh mau gamblangkanggoné wong sing duwé kapinteran.10Piwulangku iki ajiné ngungkuli slaka,kawruh saka aku iki ajiné ngungkuliemas murni.

Page 364: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 8.11–19 2311Aku iki Sang Wicaksana, aku luwih ajitinimbang watu aji, apa sing dipénginidéning manungsa kalah kabèh.12Aku iki Sang Wicaksana. Akukagungan pangertèn, kawruh lankawasisan.13Pangabekti marang Allah iku sengitmarang piala, aku sengit marangpiangkuh lan ambek kumlungkung,apa menèh penggawé ala lan tembunggoroh.14Aku sing ngrancang lan singnindakaké, aku duwé kawasisan lanpangwasa.15Para raja enggoné ngerèh negaranémerga saka aku, mengkono uga parapenggedhé enggoné nindakaké keadilan.16Para pangwasa enggoné mréntahmerga saka aku, mengkono uga parawong luhur lan sakèhé hakim sajagad.17Aku ngasihi wong sing tresna marangaku, lan sing sapa tlatèn nggolèki aku,iya bakal ketemu.18Kasugihan lan kaluhuran, aku singngedum, semono uga kemakmuran lankabegjan.19Peparing saka aku ajiné ngungkuliemas, ngungkuli slaka sing murni.

Page 365: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 8.20–29 2420Dalan sing takambah kuwi kabeneran,iya dalané keadilan.21Aku paring kasugihan marangwong sing tresna marang aku, omahétakkebaki raja-brana.22Aku sing dianakaké déning Allahdhisik dhéwé, pakaryané sing kawitandhèk jaman kuna.23Aku sing kawitan dhéwé, singkapisan, sadurungé jagad ana.24Aku lair sadurungé ana samodra-samodra, sadurungé ana tuk-tukmetokaké banyu.25Aku lair sadurungé ana gunung-gunung, sadurungé tengger-tenggerjumedhul,26 sadurungé Allah nitahaké dharatanlan ara-ara, malah sadurungé ana lemahsagegem.27Aku wis ana nalika Allah njèrènglangit, nalika cakrawala dipenthèng ingsandhuwuring samodra,28 iya nalika awang-awang diprenahakéana ing dhuwur, lan sumber-sumberésegara-segara dibukak,29 sarta banyu-banyuné segaradiprenata, supaya ora mbludag ngliwati

Page 366: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 8.30–9.2 25

wates sing ditetepaké. Nalika dhasarébumi dipasang Aku wis ana.30Aku njèjèri Panjenengané kayaarsitèk, lan Aku sedina-dina gawérenaning penggalihé. Aku tansah bungahana ing ngarsané.31Aku seneng karo jagad, lan asih karoanaké manungsa.32Mulané hé para nonoman,rungokna pituturku, èstokna apasing takkandhakaké, kowé bakal slamet.33Rungokna piwulangku, singwicaksana lan aja koktampik.34Wong sing ngrungokaké tembungkubakal begja, yakuwi sing sedina-dinanganti-anti ana ing gapuraku, ngentèniana ing pipiné lawangku.35Sapa sing nemu aku kuwi nemu urip,sarta olèh sihé Allah.36Sapa sing ora nduwèni aku kuwinyangsara uripé dhéwé; sarupaningwong sing sengit karo aku, kuwi nresnanipati."

91Sang Wicaksana wis yasa dalané,sakané pitu wis didegaké.

2Panjenengané wis nyembelèh kéwankanggo pésta, wis nyampur anggur lannata dhaharan ana ing méja.

Page 367: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 9.3–10 263Panjenengané wis utusan para abdinéwadon kadhawuhan undang-undang ingpanggonan-panggonan sing dhuwur ingkutha, mengkéné,4 "Hé wong kang tanpa budi, padhamrénéa!" Lan wong gemblungdikandhani,5 "Mrénéa, mangana pawèwèhku, lanngombéa anggur sing wis takjantoni.6Nyingkirana pesrawungan karo wonggemblung, supaya kowé urip. Mlakuadalaning kapinteran."7Sing sapa ngélikaké wong sing ambekmemoyok, malah bakal kwirangandhéwé. Sing sapa melèhaké, malahbakal dicacad dhéwé.8Mulané aja ngélikaké wong singambek memoyok. Kowé malah bakaldisengiti. Nanging sing sapa melèhakéwong wicaksana, bakal diurmati.9Wong wicaksana yèn kokwulang,bakal tambah kawicaksanané. Wongmursid yèn kokkandhani, bakal mundhakkawruhé.10Sing sapa seneng dadi wongwicaksana kudu ngabekti dhisik marangAllah. Menawa kowé tepung karo GustiAllah, kowé duwé pangertèn.

Page 368: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 9.11–10.1 2711Merga saka kawicaksanan, umurmudidawakaké, lan taun-tauné umurmuditambahi.12Yèn kowé wicaksana, kowé dhéwésing bathi. Yèn kowé nulak kawicaksanankowé dhéwé sing sangsara.13Wong gemblung kuwi kaya wongwadon sing bengok-bengok ora duwéisin,14 sing lungguh ana ing lawangé omahéutawa ing papan sing dhuwur ing kutha,15nyeluki wong-wong sing liwat, singlagi ngurusi prekarané dhéwé-dhéwé,tembungé,16 "Hé para wong sing tanpa budi,padha mrénéa!" Wong gemblung nulidikandhani,17 "Banyu colongan kuwi legi, lan rotising dipangan ing pandhelikan kuwirasané luwih énak!"18Wong sing tanpa budi sing dadikurbané ora ngerti yèn sing sapa mlebuing omah kono bakal mati, lan sing sapawis kadhung mlebu saiki wis ana ingteleng palimenganing pati.

101Wulang Bebasan anggitanéSuléman. Anak kang wicaksana

Page 369: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 10.2–10 28

kuwi ndadèkaké bungahé bapakné, anakkang gemblung gawé prihatiné ibuné.2Kasugihan asiling duraka ora maédahi,nanging katemenan ngentas saka pati.3Gusti Allah ora négakaké wong mursidmati kaliren, nanging sing dipénginiwong ala ora diparingaké.4Sing sapa nyambut-gawé ora cékat-cèket dadi mlarat, nanging tanganéwong sregep ndadèkaké sugih.5Sing sapa tetandho ing mangsa panaskuwi wong pinter; nanging sing sapapijer turu waé ing mangsa panèn bakalkwirangan.6Wong becik bakal diberkahi, tembungéwong duraka kuwi isi panganiaya.7Wong becik tansah diéling-élingenggoné dadi lantarané berkah;nanging jenengé wong duraka bakal oradisebut-sebut.8Wong wicaksana yèn dipituturi nurut;nanging tembungé wong gemblungnjalari rubuhé.9Wong sing jujur uripé ayem, nangingwong sing nylèwèng bakal konangan.10Wong sing ora blaka kuwi gawé susah,nanging wong sing ngandhakaké singsabeneré kuwi nekakaké katentreman.

Page 370: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 10.11–19 2911Tembungé wong jujur kuwi presasatpancuraning urip, nanging tembungéwong ala isi panganiaya.12Sengit marakaké grejegan,katentreman nasabi sarupané kaluputan.13Tembungé wong wicaksana kuwimaédahi, nanging wong gemblung kududigebugi.14Wong wicaksana kuwi duwésimpenan kawruh, nanging tembungéwong gemblung nekakaké karusakan.15Wong sugih diayomi déningbandhané; wong mlarat bobrok mergasaka kemlaratané.16Opahé wong sing nindakakékabecikan kuwi urip; nanging olèh-olèhané dosa kuwi mung nambahidosa.17Wong sing nanggapi piwelèh kuwibakal urip, nanging wong sing ora gelemngakoni kaluputané kaancam déningbebaya.18Wong sing ngendhem sengit kuwiwong cidra; wong sing ngucapaképangala-ala kuwi wong gemblung.19Saya akèh tembung singkokwetokaké, saya gedhé bebayané

Page 371: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 10.20–26 30

enggonmu gawé kaluputan. Yèn kowéwicaksana, pekaken lambému.20Tembungé wong mursid kuwipresasat slaka murni, nanging gagasanéwong gemblung ora ana ajiné.21Tembungé wong mursid kuwinekakaké berkah kanggo wong akèh,nanging tembungé wong gemblungmatèni awaké dhéwé.22Berkahé Allah kuwi sing marakakékowé sugih, kangèlanmu ora nambahiapa-apa.23Sing dadi kabungahané wonggemblung kuwi yèn bisa nglakonipenggawé nistha, kaya déné wongwicaksana bungah menawa bisa nglakonipenggawé sing luhur.24Wong duraka ketaman apa singdisumelangaké, wong mursid kaparinganapa sing diarep-arep.25Menawa ketekan lésus wong durakasirna, nanging wong jujur tansahdislametaké.26Aja kongkon wong kesèd nglakonipegawéanmu, sebab wong mau mungbakal gawé jèngkèlé atimu. Kayacokak tumraping untumu utawa kukustumraping mripatmu.

Page 372: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 10.27–11.2 3127Pangabekti marang Allah ikungakèhaké umur, nanging umuré wongduraka dicendhakaké.28Pengarep-arepé wong mursidnekakaké kabungahan, nangingpengarep-arepé wong duraka orangetokaké apa-apa.29Wong jujur kuwi diayomi déningAllah, nanging wong sing penggawénéala ditumpes déning Allah.30Wong mursid kuwi uripé tentrem,nanging wong duraka ora lestari uripéana ing bumi.31Wong mursid tembungé wicaksana,nanging ilat sing ngucapaké piala bakaldibungkem.32Wong mursid ngerti apa sing kududiucapaké, nanging wong gemblungtansah ngucapaké tembung singnglarakaké ati.

111Gusti Allah sengit karotimbangan sing goroh.

Panjenengané rena karo timbangan singbener.2Wong angkuh bakal nandhangkwirangan. Kawicaksanan mono lakunéandhap-asor.

Page 373: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 11.3–11 323Wong mursid katuntun déningkatemenané, nanging wong cidra tibamerga déning kelakuané dhéwé.4Samasa ngadhepaké pati kasugihanora maédahi, nanging katemenan bisangentas uripmu saka pati.5Kejujuran nggancaraké urip, nangingwong duraka bakal tiba merga sakadurakané dhéwé.6Wong mursid kapitulungan déningkejujurané, nanging wong cidra kejiretdéning kadursilané dhéwé.7Wong duraka samasa mati, pengarep-arepé mèlu mati. Ngendelaké kasugihanora ana paédahé.8Wong mursid kaedohaké sakakarubedan; wong duraka sing nggentèninandhang karubedané.9Tembungé wong duraka ngrusak uripépepadhané, nanging kawicaksananéwong mursid ngentas uripé pepadhané.10Kabegjané wong mursid nekakakékabungahan marang wong sanegara;samasa wong duraka tumpes, kabèhwong padha giyak-giyak.11Sawabé wong temen ndadèkakékaluhurané negara; nanging tembungéwong duraka gawé rusaké.

Page 374: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 11.12–18 3312Sing sapa ngrasani ala pepadhanékuwi wong tanpa budi; wong singwicaksana kuwi meneng waé.13Wewadi aja kokkandhakaké marangwong sing dhemen ngrasani alapepadhané, nanging kandhakna marangwong sing kena diprecaya.14Negara bakal ambruk yèn ora anasing nuntun; penaséhat akèh marakakékasantosané.15Sing sapa nanggung wong singdudu kenalané bakal getun; luwih becikmenawa kowé ora mèlu-mèlu ngurusiwong mau.16Somah sing merak ati kuwi marakakékajèn, nanging wong wadon sing alawataké gawé wirang. Wong kesèdselawasé ora nyekel dhuwit, nangingwong sregep dadi sugih.17Wong ambek welasan kuwi gawébecik marang awaké dhéwé; nangingwong tegelan gawé susahé awakédhéwé.18Wong duraka ora olèh apa-apa,nanging wong sing nyebar kabeneranmesthi olèh ganjaran.

Page 375: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 11.19–26 3419Kamursidan nuntun marang urip,nanging wong sing mburu piala nggolèkipati.20Gusti Allah sengit karo wong singngrancang piala, nanging asih marangwong sing nglakoni kabeneran.21Kena dipesthèkaké yèn wong alabakal kaukum, lan wong becik bakalluwar saka paukuman.22Wong wadon ayu sing sepi ingkasusilan kuwi presasat gelang emas ingcunguré babi.23Angen-angené wong mursidngetokaké kabecikan, nangingpengarep-arepé wong duraka nekakaképaukumané Gusti Allah.24Ana wong sing nanjakaké bandhanétanpa dipikir, éwasemono mundhaksugih, ana sing ngirit banget, éwasemonouripé tansah kecingkrangan.25Wong sing loma kaganjar kalubèran;wong sing dhemen tetulung bakal olèhpitulungan.26Wong sing nyimpen gandumé supayaolèh rega luwih dhuwur, diipat-ipatiwong akèh, nanging wong sing ngedolgandumé dialem.

Page 376: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 11.27–12.3 3527Sing sapa gawé becik, bakal kajèning wong; nanging sing nyebar pialabakal ketaman bilai.28Sing sapa ngendelaké kasugihanébakal rontog kaya godhong ing mangsabedhidhing, nanging wong mursid bakalngrembuyung kaya wit ing mangsarendheng.29Sing sapa ora ngopèni brayaté,wekasané bakal ora olèh apa-apa. Wongbodho kuwi dadi baturé wong pinter.30Wohing kamursidan kuwi urip; lanwong wicaksana nggèndèng wong liyamarang kabecikan.31Yèn wong mursid nampa ganjaranéana ing bumi, méndahané menèh wongduraka lan wong dosa mesthi bakalnampa paukumané ana ing bumi uga.

121Sing sapa seneng marangkawicaksanan, kuwi seneng

diélikaké samasa gawé kaluputan,nanging wong sing tanpa budi oraseneng karo pamelèh.2Gusti Allah rena karo wong becik,nanging wong sing ngrancang pialadiukum.3Wong ora bisa dadi sentosa srananindakaké penggawé ala, nanging wong

Page 377: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 12.4–11 36

sing lakuné bener ngadeg kalawansentosa.4Wong wadon sing becik dadikabungahan lan makuthané bojoné,nanging wong wadon sing gawé isin,presasat kangker ing balungé singlanang.5Apa kang dirancang déning wongmursid kuwi kejujuran, nangingrancangané wong duraka nasaraké.6Tembungé wong duraka nuntun ingpati, nanging tembungé wong temenmitulungi.7Wong duraka bakal ambruk lan curesturuné, nanging brayaté wong mursidbakal lestari.8Wong dialembana merga kabecikané,nanging wong sing ora temen ora kajèn.9Luwih becik dadi wong cilik, singnyambut-gawé kanggo awaké dhéwé,ketimbang dadi wong gedhé singnandhang kecingkrangan.10Wong mursid ngopèni kéwané,nanging wong duraka ambek siya karokéwané.11Wong sing nggarap lemahé bakal orakekurangan pangan, nanging wong sing

Page 378: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 12.12–19 37

kepéngin barang sing tanpa guna kuwitanpa budi.12Wong duraka senengé nglakonipiala, nanging wong mursid kekarepanékenceng.13Wong duraka kuwi kejiret déningtembungé dhéwé, nanging wong jujurngentas awaké dhéwé saka karubedan.14Wong nampa ganjaran merga sakatembungé lan tandang-tanduké dhéwé;apa sing ditampa yakuwi sing pantesdadi bagéané.15Wong gemblung nganggep awakédhéwé bener, nanging wong wicaksanangrungokaké rembugé liyan.16Wong gemblung yèn jèngkèl énggaldikétokaké, nanging wong wicaksananutupi rasaning atiné.17Wong sing kandha sabeneré kuwinindakaké keadilan, nanging wong gorohtumindak ora adil.18Tembung sing ora dipikir bisa natoniati sing larané ngungkuli dituwek ingpedhang, nanging tembungé wongwicaksana gawé lilihing ati.19Tembung cidra kuwi ora suwé uripé,nanging katemenan langgeng selawasé.

Page 379: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 12.20–28 3820Wong sing ngrancang piala kuwiatiné kebak cidra, nanging wong singawèh pamrayoga becik bakal nemukabungahan.21Wong mursid ora ketaman bilai,nanging wong duraka selawasé kebyukancilaka.22Wong goroh disengiti déning Allah,nanging wong sing netepi janjinédikasihi.23Wong wicaksana nutupi kawruhé,nanging wong gemblung ngumbarkabodhoané.24Wong sing nyambut-gawé sregepbakal olèh pangwasa, nanging wongkesèd bakal dadi batur-tukon.25Sumelang ngilangaké kabungahan,nanging pitutur gawé padhangé ati.26Wong mursid kuwi dadi penuntuntumrap mitrané, nanging wong durakanasaraké kancané.27Wong kesèd bakal ora nyekel barangsing dioyak, nanging wong sregep bakalnampa barang sing akèh ajiné.28Dalaning urip kuwi metu kamursidan,piala njalari anjog ing pati.

Page 380: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 13.1–8 39

131Anak sing wicaksana nggatèkaképituturé bapakné, nanging wong

angkuh ora ngrèwès marang pamelèh.2Wong becik nampa berkah mergatembung sing diucapaké, nanging wongala seneng marang panganiaya.3Wong sing njaga marang tembungékuwi ngreksa nyawané, nanging wongsing muni sauni-uniné nemu karusakan.4Wong kesèd kuwi akèh pepénginané,nanging ora olèh apa-apa, mangkawong sing sregep, panyambut-gawénénekakaké kalubèran.5Wong jujur sengit karo tembunggoroh, nanging wong ala nekakakékanisthan lan kwirangan marang awakédhéwé.6Wong sing temen lakuné direksadéning kamursidané, nanging pialangrubuhaké wong duraka.7Ana wong sugih-sugih, nangingsejatiné ora duwé apa-apa, semonouga ana wong sing éthok-éthok miskin,nanging duwé bandha akèh.8Wong sugih migunakaké kasugihanékanggo nylametaké uripé, nanging wongmiskin ora wedi marang pangancam.

Page 381: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 13.9–16 409Wong mursid kaya pepadhang singsumunar, nanging wong ala kaya senthirsing mbleret nuli mati.10Piangkuh marakaké grejegan,nanging wong sing ngrungokaképamrayogané liyan kadunungankawicaksanan.11Bandha kuwi yèn enggoné olèhgampang, ilangé iya gampang, nangingsing sapa nglumpukaké saka sethithik,wuwuhé saya akèh.12Pengarep-arep sing ora keturutankuwi gawé gelaning ati, nangingpengarep-arep sing keturutan gawébungahing ati.13Sing sapa nampik pangandikanéAllah bakal kawales, nanging sing sapanggatèkaké dhawuh mau bakal olèhganjaran.14Piwulangé wong wicaksana kuwisumberé urip, ndadèkaké wong nyingkirikalané pati.15Budi kang luhur kuwi marakaké wongdadi kajèn, nanging wong sing ora kenadiprecaya marakaké cilaka.16Wong wicaksana mikir dhisiksadurungé tumindak, nanging wonggemblung ngetokaké kabodhoané.

Page 382: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 13.17–24 4117Utusan sing ora jujur gawé cilaka,nanging sing kena diprecaya nekakakékatentreman.18Kemlaratan lan kanisthan kuwipandumané wong sing nampik pamerdi,nanging wong sing gelem nampanipamelèh, kajèn.19Pengarep-arep sing keturutan kuwimbungahaké ati, nanging wong bodhoora gelem ninggal piala.20Sing sapa sesrawungan karo wongwicaksana, iya dadi wicaksana, dénésing awor karo wong gemblung bakalnemu karusakan.21Wong duraka diburu bilai, nangingwong becik nampa ganjaran.22Wong becik ninggali warisan tekananak-putuné, nanging barang-darbèkéwong duraka digadhangaké marangwong mursid.23Lemah bera satemené bisa metokaképangan akèh kanggo wong mlarat,nanging wong duraka ora lila lemah maudigarap.24Sing sapa ora merdi anaké, oratresna marang anaké. Sing sapa tresnamarang anaké, diperdi wiwit cilik mula.

Page 383: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 13.25–14.8 4225Wong mursid bisa mangan sawaregé,nanging wong duraka selawasé bakalnandhang kecingkrangan.

141Kawicaksanané wong wadonkuwi nekakaké berkah marang

brayaté, nanging wong gemblungngrusak brayaté dhéwé.2Sing sapa temen lakuné kuwinélakaké pambangun-turuté marangAllah, nanging sing sapa nylèwèng,ngrèmèhaké Gusti Allah.3Wong gemblung seneng umuk,nanging wong wicaksana direksa déningtembungé.4Tanpa sapi lumbungmu bakal kothong,nanging sing sapa migunakaké sapi,lumbungé bakal kebak.5Seksi sing temen kuwi ora goroh,nanging sing ora temen tembung-tembungé goroh kabèh.6Wong angkuh ora bakal dadiwicaksana, nanging wong pinter énggaltambah kawruhé.7Aja srawung karo wong gemblung,awit kowé ora bakal olèh kawruhapa-apa.8Yagéné wong pinter kuwi wicaksana?Merga ngerti apa sing kudu dilakoni.

Page 384: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 14.9–16 43

Nanging wong bodho rumangsané wisngerti sembarang.9Wong gemblung ora mreduli dosanédiapura apa ora, nanging wong mursidngudi supaya olèh pangapuraningdosané.10Mung atiné wong dhéwé singngrasakaké paiting kasusahané,mengkono uga wong liya ora bisa mèlungrasakaké kabungahané.11Omahé wong mursid tetep ngadeg,senajan omahé wong duraka wis sirna.12Ana dalan sing dikira bener, mangkawekasané anjog ing pati.13Guyu bisa kanggo nutupi sedhihingati; wekasané kabungahan mau adatémrihatinaké.14Wong duraka nampa piwalesingpenggawéné sing ala; wong mursidnampa ganjarané penggawéné singbecik.15Wong bodho ngandel marangtembungé saben wong; wong wicaksanalakuné nganggo duga-duga.16Wong wicaksana kuwi ngati-ati, mulanyingkiri piala, nanging wong bodho orasabaran lan tumindaké kesusu.

Page 385: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 14.17–24 4417Wong sing cepak nepsuné sok metupratingkahé sing tanpa dipikir, nangingwong wicaksana sabar.18Wong sing tanpa budi nampapiwalesing kabodhoané, nanging wongwicaksana diganjar kawruh.19Wong ala bakal ndhingkluk ana ingngarepé wong becik, lan wong durakaana ing ngareping lawangé wong mursid.20Wong mlarat disengiti wong akèh,malah kancané dhéwé iya mèlu sengit,nanging wong sugih akèh mitrané.21Sing sapa ngina marang pepadhanékuwi gawé dosa, nanging begja wongsing melasi marang wong sing nandhangsangsara.22Sing sapa nindakaké kabecikan kuwikajèn lan diprecaya déning pepadhané,nanging sing ngrancang piala kuwi wongkesasar.23Nyambuta-gawé, mesthi kowé bakalolèh panguripan, nanging wong singmrana-mréné mung ngobrol waé, bakalmlarat uripé.24Wong wicaksana kuwi kaganjarkasugihan, nanging wong tanpa budimamèraké kabodhoané.

Page 386: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 14.25–33 4525Seksi sing temen kuwi mitulunginyawané wong, nanging seksi sing cidragawé cilakané wong.26Pangabekti marang Allah kuwinekakaké katentreman lan awèhpengayoman sentosa marang wong liyalan brayaté.27Pangabekti marang Allah kuwisumberé urip, sing ndadèkaké wong bisanyingkiri jireting pati.28Kamulyané raja kuwi gumantungsaka akèhé kawulané, tanpa rakyat rajaora bisa apa-apa.29Wong sing sabar atiné wicaksana,nanging wong sing cepak nepsunénélakaké kabodhoané.30Ati sing sarèh kuwi gawé waraséawak, nanging watak cemburu presasatlelara kangker.31Sing sapa nindhes wong miskin,kuwi ngala-ala Gusti Allah. Melasi wongmlarat kuwi pangabekti marang Allah.32Wong duraka dirubuhaké déningpialané dhéwé, nanging wong becikdiayomi déning penggawéné becik.33Kawicaksanan kuwi katon sakapamikiré wong sing duwé budi. Wongbodho ora duwé kawicaksanan.

Page 387: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 14.34–15.7 4634Kabeneran kuwi ndadèkakékaluhurané wong sabangsa, nangingdosa ndadèkaké kanisthané saben wong.35Abdi sing wicaksana gawé renaningpenggalihé Sang Prabu, nanging abdising gawé wirang diukum.

151Wangsulan sing sarèh gawélilihing nepsu, nanging tembung

nylekit ndadèkaké muntabing ati.2Tembungé wong wicaksana nekakakékapinteran, nanging tembungé wongtanpa budi mung isi kabodhoan.3Pangéran pirsa apa sing kelakoning saenggon-enggon, nguninganipenggawéné wong sing gawé becik lansing gawé ala.4Tembung sing sarèh nekakaké urip,nanging tembung ambek siya natoni ati.5Wong sing tanpa budi nampikpamerdiné bapakné, nanging wong singnanggapi piwelèh kuwi wicaksana.6Wong mursid tansah ketunggonraja-brana, nanging wong durakakélangan barang-darbèké ing mangsakaribedan.7Tembungé wong wicaksana kuwinyebar kawruh, nanging atiné wongtanpa budi ora jujur.

Page 388: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 15.8–16 478Gusti Allah rena marang pandonganéwong mursid, nanging kurbané wongduraka ditampik.9Lakuné wong ala kuwi disengiti déningAllah, nanging wong sing mburu marangkamursidan dikasihi.10Yèn kowé nglakoni kaluputan, bakaldiukum abot, nanging yèn kowé oramanut ing piwelèh bakal mati.11Nraka lan donyané wong mati padhakapirsanan ing tingalé Allah, apa menèhatiné para manungsa.12Wong angkuh ora gelem diwelèhaké,lan wegah njaluk rembugé wong singluwih ngerti,13Ati bungah gawé bingaring ati,nanging sedhihing ati gawé semplah.14Wong sing pinter kepéngin sinau,nanging wong tanpa budi wis maremkaro bodho.15Uripé wong mlarat kuwi ngrekasaterus, nanging wong sing seneng atinépresasat ana ing satengahing pésta singora kendhat-kendhat.16Luwih becik duwé barang sethithikkanthi pangabekti marang Allah,ketimbang dadi wong sugih sing oratentrem atiné.

Page 389: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 15.17–25 4817Luwih becik mung mangan janganthok karo wong sing kita tresnani,ketimbang mangan daging karo wongsing padha tukar-padu.18Wong sing cepak nepsuné nekakakégrejegan, nanging wong sing sabarnyirep kekerengan.19Wong kesèd ana ing endi-endi nemukasusahan, nanging wong jujur dalanérata.20Wong wicaksana gawé bungahé atinébapakné, nanging wong sing tanpa budingina ibuné.21Wong tanpa budi wis marem karokabodhoané, nanging wong wicaksananglakoni sing bener.22Rancangan tanpa panimbang bakalgagal, bisané dadi yèn olèh sarujukéwong akèh.23Tembung sing cocog samasadiucapaké ing kaanan sing cocog, kuwimbungahaké ati.24Dalaning uripé wong sing wicaksanakuwi mendhuwur, dudu dalan medhunsing anjog ing kuburan.25Pandongané wong angkuh dirusakdéning Allah, nanging barang-darbèkéwong randha diayomi.

Page 390: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 15.26–16.1 4926Rancangan piala disengiti déningAllah, nanging tembung manis gawérenaning penggalihé.27Sing sapa ngarah kauntungan gedhénganggo tindak sing ora jujur kuwingrusak brayaté dhéwé. Sing sapanampik besel bakal dawa umuré.28Wong becik mikir dhisik sadurungéawèh wangsulan. Wong ala énggal awèhwangsulan, nanging wekasané nekakakékarubedan.29Gusti Allah nyembadani panyuwunéwong mursid, nanging pandongané wongala ditampik.30Ulat sing sumèh mbungahaké ati, lanpawarta sing becik nyegeraké nyawa.31Sing sapa nggatèkaké marangpamelèh kuwi wong sing wicaksana.32Sing sapa nampik pamerdi gawéruginé awaké dhéwé. Sing sapagelem nampani piwelèh bakal wuwuhkawicaksanané.33Pangabekti marang Allah kuwimarakaké andhap-asor, mula ndadèkakéwong kajèn-kéringan.

161Manungsa bisa ngrancang-ngrancang ing sajroning ati,

Page 391: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 16.2–9 50

nanging tembung sing diucapaké kuwiasalé saka Allah.2Wong ngarani yèn apa sing dilakonikuwi bener, nanging Allah pirsapanimbang-nimbanging ati.3Sakèhé rancanganmu suwunna berkahmarang Allah, mula sedyamu bakalketurutan.4Samubarang sing dititahaké déningAllah kuwi ana karepé dhéwé-dhéwé,mengkono uga wong duraka mesthingalami karusakan.5Wong angkuh disengiti déningAllah, wong mau bakal ora luput sakapaukuman.6Sing tresna lan setya marang Allah,kaluputanmu mesthi bakal diapura;mbangun-turuta marang Allah, temahkowé bakal diedohaké saka bilai.7Wong sing tansah nindakaké dhawuhéAllah, senajan satruné dirukunaké karowong mau.8Hasil sethithik nganggo cara singbener kuwi luwih becik, ketimbang karopametu akèh srana patrap sing ora jujur.9Atiné manungsa ngrancang-ngrancangdalané, nanging Allah sing netepakéarahé tumindaké.

Page 392: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 16.10–18 5110Putusan sing didhawuhaké déningSang Prabu kuwi kawangsit déning Allah,mula ora bisa salah.11Gusti Allah ngersakaké timbanganlan ukuran sing bener, semono ugadol-tinuku kudu kanthi jujur.12Penggawé ala mesthi ditampik déningSang Prabu, merga keadilan kuwi gawésentosané pepréntahané.13Wong sing matur sabarèsé gawérenaning penggalihé Sang Raja; wongsing mengkono mau dikasihi.14Wong wicaksana ngarah supaya SangRaja rena penggalihé, sebab yèn ngantiduka bisa nekakaké bilai.15Sihé Sang Raja kuwi kaya mendhungsing nekakaké udan ing mangsa semi,kamirahané kaya pepadhang singnguripi.16Kawicaksanan kuwi ajiné ngungkuliemas, lan pangertèn ajiné ngungkulislaka.17Dalané wong mursid ngedohi piala,sapa sing lakuné kanthi prayitna,ngreksa marang nyawané.18Piangkuh kuwi nuntun marangkarusakan, lan wong gemedhé bakalambruk.

Page 393: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 16.19–27 5219Becik kanthi andhap-asor amor karowong cilik, ketimbang karo ngedumjarahan karo wong gemunggung.20Sing sapa nggatèkaké marangpangandikané Allah binerkahan, mulabegja wong sing kumandel marang Allah.21Wong sing wicaksana ngerti marangkaanan lan tembungé sing alus marakakéwong dadi yakin.22Kawicaksanan kuwi sumberé uriptumraping wong sing nduwèni, nangingwong tanpa budi disiksa merga sakabodhoné.23Wong wicaksana mikir sadurungéngucapaké tembung; mula njalari apasing diucapaké saya ngyakinaké.24Tembung sing sedhep kuwi kayatalaning madu, kepénak dirasakaké anaing ati, lan becik kanggo kuwarasaningawak.25Ana dalan sing dikira bener, mangkanyatané anjog ing pati.26Ngelihing weteng njalari buruhnyambut-gawé keras, merga kepénginmaregi wetengé.27Wong duraka golèk dhadhakannatoni atiné liyan, tekan tembungé pisanngobong kaya geni.

Page 394: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 16.28–17.2 5328Wong goroh njalari tukar-padu,lan srana wewadul misahaké wongmemitran.29Wong sing seneng ngrodha-peksanasaraké pepadhané, lan padha dituntunmarang karusakan.30Sing ngati-ati karo wong sing nglirikkowé karo kedhap-kedhèp; wong mauduwé karep ala karo kowé.31Umur dawa kuwi ganjarané wong singmursid lakuné, rambut putih minangkamakuthané.32Wong sing sabar ing ati kuwingungkuli pahlawan, lan wong sing bisangendhalèni awaké ngungkuli wong singnelukaké negara.33Undhi dianakaké kanggo meruhikersaning Allah, nanging Allah piyambaksing paring wangsulan.

171Luwih becik sega garingsaemplokan karo ati sing tentrem,

ketimbang karo mangan iwak saméjakaro tukar-padu.2Batur sing wicaksana bakal ngopènimomongané sing gawé wirang, lanbakal nampa warisan bareng karosedulur-seduluré momongan mau.

Page 395: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 17.3–10 543Emas lan slaka diuji nganggo geni,déné atiné manungsa diuji déning Allah.4Wong ala nggatèkaké gagasan-gagasan sing ala, wong cidra nanggapitembungé wong goroh.5Sing sapa moyoki wong miskin, kuwingala-ala karo sing nitahaké. Wong singbungah merga bilai sing dialami déningliyan, ora luput saka paukuman.6Wong tuwa ngegungaké putuné, kayadéné anak ngegungaké bapakné.7Wong sing kajèn-kéringan ora patutmenawa goroh, lan wong tanpa budi orapatut menawa ngucapaké tembung singmuluk-muluk.8Ana wong sing nganggep yèn beselkuwi sekti tumrap wong sing mènèhi,bisa ngolèhaké samubarang singdikarepaké.9Sing sapa kepéngin diraketi wong,kudu ngapura wong-wong sing gawékaluputan marang wong mau. Ngubal-ubal prekara sing uwis-uwis, kuwimisahaké mitra.10Kanggoné wong wicaksanadiwelèhaké sepisan wis ngerti, nangingtumraping wong tanpa budi digebug pingsatus durung ngerti.

Page 396: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 17.11–19 5511Wong ala mung arep gawé rerusuh,nanging pati bakal nekani wong maukaya utusan sing ambek siya.12Luwih becik kepregok karo bruwangsing kélangan anaké, ketimbang karoketemu wong tanpa budi sing mbèbèrakébodhoné.13Sing sapa males kabecikan nganggopiala, omahé bakal ora kendhat ketekanbilai.14Miwiti grejegan kuwi kaya wongmbedhah bendungan, mulanéngundurana tukar-padu sadurungéndadi.15Sing sapa mbeneraké wong alalan ngukum wong sing ora kaluputan,disengiti déning Allah.16Apa gunané wong tanpa budingetokaké ragad kanggo pasinaoné,wong mau rak ora waras pikirané.17Mitra, selawasé ngétokakékatresnané, lan ing mangsa karibedanngétokaké pasedulurané.18Wong sing janji nanggung utangéliyan kuwi wong bodho.19Wong sing dhemen tukaran kuwiseneng gawé panerak, sing sapa senengumuk kuwi golèk karubedan.

Page 397: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 17.20–28 5620Sing sapa seneng ngapusi orangalami katentreman, wong sing gorohbakal cilaka.21Sing sapa duwé anak tanpa budibakal nandhang susah, lan bapaknéwong bodho mau ora tau ngrasakakékabungahan.22Ati sing seneng kuwi obat singmujarab, nanging ati semplah presasatpati sing tekané alon-alon.23Hakim sing mélikan gelem nampanibesel, supaya ndhoyongaké keadilan.24Sing dituju wong pinter yakuwi tindaksing wicaksana, nanging wong singtanpa budi pikirané nglambrang tekanngendi-endi.25Anak sing tanpa budi gawé prihatinébapakné, lan kasusahané ibuné.26Ora prayoga ndhendha wong singlakuné bener, lan ora patut nggebugiwong luhur.27Wong wicaksana ngampet tembungé,wong sing duwé kapinteran sarèh ingbudi.28Senajan wong bodho yèn menengdianggep pinter, lan yèn ora gunemandianggep wicaksana.

Page 398: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 18.1–9 57

181Wong sing ndhéwé kuwi golèksenengé dhéwé; apa sing

dianggep wong akèh bener, tumrapédhèwèké salah.2Wong sing tanpa budi ora predulimarang kawruh, senengé pamèr, ngakuyèn dhèwèké wong pinter.3Dosa lan kwirangan kuwi tansahbebarengan. Sing sapa kélangankaurmatan, nampa kanisthan minangkagantiné.4Tembung kuwi bisa dadi sumberékawicaksanan, jeroné kaya samodra lanseger kaya ilining kali.5Ora prayoga mbeneraké wong salahlan nyalahaké sing bener ana ingpengadilan.6Tembungé wong sing tanpa budi njalarigrejegan, swarané bengok-bengok njalukdigebugi.7Wong sing tanpa budi gawé sangsaraawaké dhéwé, wong mau kejiret déningtembungé dhéwé.8Panyatur ala kuwi énak rasané, wongpadha seneng ngrungokaké.9Wong kesèd kuwi panyambut-gawénépadha waé karo wong sing ngrusak.

Page 399: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 18.10–17 5810Gusti Allah mono presasat bètèngsentosa, dadi panggonané wong mursidngungsi lan kaslametaké.11Rumangsané wong sugih bandhanékuwi bètèngé, sing ngreksa dhèwèkékaya témbok sing dhuwur.12Wong sing andhap-asor kinurmatan,nanging wong gemunggung nemukarusakan.13Ngrungokna dhisik sadurungékowé awèh wangsulan, yèn ora, kowédianggep wong bodho lan asor.14Kencenging ati kepéngin urip, njalariwong tahan nandhang lara, nangingwong sing kélangan semangaté, sapasing arep mulihaké?15Wong sing wicaksana tambahkawruhé, wong sing duwé pangertènmburu kapinteran.16Menawa kowé kepéngin ketemukaro penggedhé, nggawaa pisungsung,supaya rata dalanmu.17Wong sing dhisik olèhé ngaturaképrekarané ana ing pengadilan, kuwikaya-kaya sing bener, nganti lawanéngajokaké pitakonan kanggo nlitiprekarané.

Page 400: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 18.18–19.2 5918Menawa ana penggedhé loro padhaprekaran ana ing pengadilan, singkanggo mutusaké prekarané undhian.19Yèn kowé mitulungi liyan, wong kuwibakal ngayomi kowé kaya témbok singsentosa, nanging yèn atiné kokgawéserik, wong mau bakal ora gelemcandhuk-lawung karo kowé.20Wong kuwi uripé saka wohingtembungé.21Tembungmu bisa gawé lestari utawangrusak uripmu. Dadi kowé kudunanggung penggawéné ilatmu.22Sing sapa nemu jodho kuwi wongbegja, sarta wis olèh sih-kadarman sakaGusti Allah.23Wong mlarat tembungé andhap-asorlan melas-asih, nanging wong sugihmangsuli nganggo tembung kasar.24Ana memitran sing ora suwé umuré,nanging uga ana mitra sing kasetyanéngungkuli sedulur.

191Luwih becik dadi wong miskinsing lakuné jujur, ketimbang karo

wong tanpa budi sing goroh.2Wong sing pethel ing gawé, nangingtanpa budi kuwi ora migunani sarta

Page 401: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 19.3–10 60

wong sing kesusu, gampang olèhé gawékesalahan.3Ana wong sing gawé ruginé awakédhéwé merga bodhoné, banjur nyalahakéGusti Allah.4Wong sugih gampang olèh kancaakèh, nanging wong miskin gampangditinggal déning kancané, sing cacahémung sethithik.5Sapa sing ngucapaké paseksi gorohana ing pengadilan bakal diukum; wongmau bakal ora bisa ngéndhani.6Akèh wong sing ngarah olèh sihépenggedhé; akèh wong sing ngakumemitran karo wong sing dhemenwèwèh.7Wong miskin kuwi disengiti déningsedulur-seduluré kabèh, apa menèhpara mitrané, padha ngedohi. Senajanditututi lan diundang, kabèh wis ora ana.8Sing sapa golèk kapinteran kuwinresnani awaké dhéwé; menawadipigunakaké, bakal nambahi kabegjané.9Seksi goroh bakal nampa paukuman,sing nyebar goroh bakal katumpes.10Wong tanpa budi ora patut uripmukti, padha kaya batur-tukon ora patutngerèh penggedhé.

Page 402: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 19.11–19 6111Wong sing wicaksana ngendhalèninepsuné, lan dialem merga ngapurawong sing gawé kaluputan marang wongmau.12Dukané ratu kuwi presasatpanggeroné singa, sih-palimirmané kayaudan sing dianti-anti.13Anak sing tanpa budi kuwingentèkaké bandhané bapakné, lan rabising dhemen padu kuwi kaya payon singtrocoh ora lèrèn-lèrèn.14Wong bisa olèh warisan omah lanbandha saka wong tuwané, nanging rabising wicaksana, mung Gusti Allah singparing.15Wong kesèd seneng turu terus,nanging wekasané bakal keluwèn.16Sing sapa nglakoni dhawuhé Allahkaganjar umur dawa, nanging sing sapanyepèlèkaké pangandikané bakal mati.17Sing sapa nulungi wong miskin kuwimotangaké marang Allah; Panjenenganésing bakal nyaur.18Anakmu perdinen wiwit cilik, yèn oraateges kowé mèlu ngrusak anakmu mau.19Wong sing cepak nepsuné bakalnanggung akibaté; yèn wis koktulung

Page 403: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 19.20–27 62

sepisan kepeksa kudu koktulungisaterusé.20Ngrungokna marang rembug singbecik lan éling-élingen, supaya ingtembé dadi wicaksana.21Wong bisa ngrancang samubarang,nanging kersané Allah sing kelakon.22Wong sing srakah kuwi nistha, luwihbecik dadi wong miskin ketimbangnglakoni goroh.23Mbangun-turuta marang Allah, temahkowé bakal urip, marem, lan kalis ingbilai.24Ana wong sing saka kesèdé suthiknglebokaké pangan ing cangkemédhéwé.25Wong keminter kudu diajar, supayangerti yèn isih ana prekara sing durungdingertèni. Wong sing wicaksanamenawa dituduhaké salahé bakalngrumangsani.26Sing sapa naboki bapakné lannundhung ibuné metu saka omahé kuwianak sing nistha lan gawé wirang awakédhéwé.27Hé anakku, menawa kowé nampikmarang pitutur, kowé bakal kélangankawruh sing wis kokduwèni.

Page 404: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 19.28–20.7 6328Seksi sing ala kuwi ngrèmèhakéhukum; wong ala kepéngin ngrasakakékanikmatané piala.29Wong tanpa budi sing gemunggungkuwi pantes digitiki.

201Kakèhen ngombé anggurmarakaké swara dadi sora, lan

minuman keras njalari wong dadi lali.Ora wicaksana wong sing ngombéanggur nganti mendem.2Dukané raja kuwi presasat panggeronésinga, sing sapa gawé dukané SangPrabu kuwi nyilakani awaké dhéwé.3Wong sing ngedohi tukar-padu kuwikajèn, nanging wong sing tanpa budiseneng ngumbar nepsuné.4Wong tani sing kesèd, ora gelemmluku lemahé, tekan mangsané panènora ngundhuh apa-apa.5Gagasané atiné manungsa kuwi kayasumur jero, nanging wong sing pinterbisa nimba saka kono.6Saben wong ngaku yèn dhèwèkéwong becik lan kena diprecaya, nangingdelengen endi sing mengkono temenan?7Begja bocah sing duwé bapak jujur,lan sing nindakaké prekara sing bener.

Page 405: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 20.8–16 648Sang Prabu kang pinarak ing kursipengadilan, pirsa sembarang sing alakalawan paningalé.9Sapa sing bisa muni, "Atiku resiktemenan, aku ora duwé dosa?"10Gusti Allah sengit karo wong singmigunakaké timbangan lan ukuranpalsu.11Senajan bocah pisan kena dititik sakakelakuané, apa temen apa ora.12Sing nitahaké kuping kanggo ngrungulan mripat kanggo ndeleng kuwi GustiAllah piyambak.13Aja karem turu, supaya kowé ajatumiba ing kemlaratan. Nyambuta-gawésing sregep, supaya lubèr panganmu.14Wong tuku selawasé muni, "Barangéora apik!" Nanging bareng mungkurngalem yèn barangé satemené apik.15Emas lan watu aji pancèn akèh,nanging kalah regané karo lambé singwicaksana.16Wong sing nanggung utangé wongliya kuwi tanpa budi. Becik menawabarang-darbèké wong mau dirampaskanggo jaminan.

Page 406: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 20.17–25 6517Barang colongan kuwi énak rasané,nanging ora suwé cangkemé kaya-kayakebak krikil.18Rancangan bisa kelakon becikmenawa wis ditimbang-timbang kalawanmateng, mulané yèn maju perang kudunganggo siasat.19Sing sapa nyatur ala kuwi mbukakwadi, mulané aja srawung karo wongsing dhemen wewadul.20Sing sapa ngipat-ipati wong tuwané,uripé bakal sirep kaya lampu senthir singmati ing petengan.21Barang-darbé sing olèhé kalawangampang, wekasané ora dadi berkah.22Pemales aja koktindakaké dhéwé,nanging pasrahna marang Allah, lanPanjenengané sing bakal nindakaké.23Gusti Allah sengit karo wong singmigunakaké timbangan lan ukuranpalsu.24 Jangkahé manungsa kuwi Gusti Allahsing nemtokaké. Sarèhné mengkonokepriyé bisané manungsa weruh dalané?25Menawa arep janji apa-apa karoGusti Allah kuwi pikiren dhisik, supayaing tembé ora getun.

Page 407: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 20.26–21.4 6626Raja sing wicaksana pirsa wong singala lan ditindhes bola-bali.27Gusti Allah kang nitahaké budi lanosiking ati, manungsa ora bisa ndhelikngoncati awaké dhéwé.28Raja bakal tetep pangwasané samasapepréntahané jujur, bener lan adil.29Sing diendelaké wong nom kuwikekuwatané, lan kaéndahané wong tuwakuwi uwané.30Manungsa sok kudu kebentus dhisik,sadurungé gelem ngowahi lakuné singala.

211Allah kang ngerèh penggalihéraja, presasat kali, diilèkaké ing

sakersané piyambak.2Saben wong nganggep yèn penemunékuwi sing bener dhéwé, nanging GustiAllah mriksa atiné wong.3Gusti Allah luwih rena penggalihéyèn manungsa nglakoni kabeneran lankeadilan, ketimbang karo nyaosakékurban marang Panjenengané.4Wong duraka dituntun déning rasaangkuh lan gemunggung, mangka kuwidosa.

Page 408: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 21.5–13 675Manungsa sing ngati-ati kuwinekakaké asil akèh, nanging sing sapakesusu bakal ngalami kecingkrangan.6Ngarah kasugihan srana ngapusi kuwikaya pedhut sing ilang kabur ing anginlan nuntun marang bilai.7Wong ala padha nemahi karusakandéning panganiaya sing ditindakakédhéwé, merga padha nampik nindakaképrekara sing bener.8Dalané wong ngapusi kuwi ménggak-ménggok, nanging lakuné wong singresik lempeng.9Pilih manggon ing payon, ketimbangmanggon saomah karo bojo sing crèwèt.10Wong duraka kuwi tansah kepénginnindakaké piala, lan ora duwé welasmarang pepadhané.11Wong gemunggung yèn diukummarakaké wong bodho dadi pinter.Wong wicaksana mundhak kawruhé sakapengalamané.12Gusti Allah nggatosaké omahé wongala; wong mau dijorogaké marang bilai.13Sing sapa ora gelem ngrungokaképesambaté wong mlarat, yèn sesambatdhéwé bakal ora diparingi.

Page 409: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 21.14–22 6814Atur-atur sing diwènèhaké nganggosesidheman, nyirep nepsuné wong singlagi mulad-mulad.15Kabeneran gawé bungahé wongmursid, nanging gawé geteré wongduraka.16Wong sing nyimpang saka kabeneran,kuwi lakuné bakal anjog ing pati.17Wong sing seneng mangan énakbakal nandhang kekurangan; manganénak ora ndadèkaké sugih.18Wong ala mesthi ketekan bilai, singarep ditujokaké marang wong mursid.19Pilih manggon ana ing ara-ara samun,ketimbang manggon saomah karo rabising cepak nepsuné lan seneng padu.20Omahé wong wicaksana kanggonankalubèran, nanging wong tanpa budingentèkaké sanalika apa sing ditampa.21Sing sapa nindakaké kabeneran lankatresnan bakal kaparingan umur dawa,kaluhuran lan kaurmatan.22Wong wicaksana bisa ngrebut bètèngsing dijaga déning wong rosa-rosa, lanngrubuhaké témbok-témboké sing padhadiendel-endelaké.

Page 410: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 21.23–22.1 6923Sing sapa njaga tembungé,ngedohaké awaké dhéwé sakakarubedan.24Wong angkuh kuwi gemunggung,lumuhur-luhur lan ninggal tata-krama.25Wong kesèd sing wegah nyambut-gawé mati déning pekaremané dhéwé.26Senengé sedina-dina mung ngangen-angen apa sing dipéngini; nanging wongmursid seneng wèwèh kanthi loma.27Gusti Allah sengit karo kurbané wongala, apa menèh sing dicaosaké kalawansedya ala.28Paseksi goroh bakal ditampik,nanging tembungé wong sing ditimbang-timbang kanthi mateng bakal ditampa.29Wong mursid kuwi salaku-lakunémantep; nanging kabecikané wongduraka digawé-gawé.30Kawicaksanané manungsa, kawruhlan pratikelé ora ana gawéné samasacengkah karo kersané Allah.31Wong bisa nyawisaké jaran kanggoperang, nanging sing paring kemenangankuwi Allah.

221 Jeneng sing becik kuwi ajinéngungkuli kasugihan gedhé,

Page 411: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 22.2–9 70

ditresnani déning wong ajiné ngungkuliemas lan slaka.2Wong sugih lan wong mlarat kuwipinangkané padha, karo-karoné GustiAllah sing nitahaké.3Wong wicaksana weruh bilai sing arepnekani, banjur diéndhani; nanging wongtanpa budi ndlarung waé, lan wekasanégetun.4Ganjarané wong sing andhap-asor lanngabekti marang Allah, kuwi kasugihan,kaurmatan lan umur dawa.5Wong sing ngreksa uripé kuwi ngedohijiret, sing dipasang ana ing dalané wongala.6Bocah wiwit cilik ajarana bab dalansing prelu diambah; supaya tekan tuwaora bakal nyimpang.7Wong mlarat dadi budhaké wongsugih, lan wong utang dadi budhaké singngutangi.8Wong sing nyebar panganiayabakal ngentèni bilai, mula mandhegpanganiayané.9Wong sing seneng wèwèh marangwong mlarat bakal diberkahi, mergarejekiné dipangan bareng karo wongmiskin.

Page 412: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 22.10–18 7110Wong sing angkuh kuwi singkirana,temah bakal ora ana grejegan, tukar-padu lan tuding-tudingan sing sijinyalahaké sijiné.11Wong sing resik atiné lan alustembungé, bakal dadi mitrané SangRaja.12Gusti Allah njaga lestariné kabeneran,srana ora nggapé tembungé wong goroh.13Wong kesèd gawé alasan, "Ing njabaana singa, aku dakana ing omah waé,mundhak aku ditubruk ana ing dalan."14Laku jina kuwi upamané kayaluwangan. Wong sing diukum Gusti Allahkecemplung ana ing kono.15Bocah mono wis lumrah yèntumindaké tanpa budi, mariné menawadigitik srana pendidikan.16Sing sapa atur-atur marang wongsugih lan nindhes wong miskin supayaolèh kauntungan kanggo awaké dhéwé,kuwi nekakaké kecingkrangan marangawaké dhéwé.17Rungokna pituturé wong wicaksana;piwulangku iki gatèkna.18Menawa koksimpen ing atimu lankokcepakaké ing lambému, bakal gawésenengé atimu.

Page 413: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 22.19–27 7219Aku kepéngin supaya kowé duwépengandel marang Allah, mulanébebasan iki dakkandhakaké marangkowé, iya marang kowé dhéwé.20Aku wis nulis bebasan 30 kanggokowé, isi kawruh lan pitutur bab apa singdiarani kabeneran.21Prekara mau arep dakwulangakémarang kowé, iya marang kowé dhéwé,supaya samasa kowé didhawuhi nggolèkiprekara endi sing bener, kowé bisa awèhwangsulan marang sing ndhawuhi.22Aja golèk bathi saka wong miskindupèh kowé bisa tumindak mengkono,lan aja golèk asil saka wong sing lagikepèpèt enggoné prekaran ana ingpengadilan.23Merga, Allah mbéla prekarané wongmau lan njabut nyawané wong singngrampas bandhané wong mau.24Aja srawung karo wong sing cepaknepsu utawa sing brangasan,25mundhak kowé ketularan wataké lanora bisa uwal.26Aja nanggung utangé wong liya.27Yèn kowé ora bisa nyaur utangé bisauga slèmèk sing kokturoni katut dilorodkanggo nyaur utangé.

Page 414: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 22.28–23.7 7328Pathok watesé lemahmu sing lawasaja kokunduraké, merga kuwi wisditetepaké déning leluhurmu.29Wong sing trampil lan pethel inggawé bakal ngawula marang raja, oramarang wong asor.

231Yèn kowé disuguh mangan wonggedhé, élinga sapa wongé kuwi.

2Yèn sing disuguhaké karemanmu,kowé kudu nyegah pangangah-angahmu.3Aja kakèhan olèhmu ngrahapi suguhansing énak-énak mau, jalaran bisa ugawong sing nyuguh mau arep njorogakékowé.4Aja ngangsa kepéngin dadi sugih,cegahen niatmu sing mengkono kuwi.5Sebab, bandhamu bisa entèksakedhèp nétra, kaya-kaya duwé swiwi,banjur mabur kaya manuk garudha.6Aja mangan suguhané wong medhitlan ngrahapi pangané sing énak-énak.7Wong kuwi nawani, "Mangga kula aturimundhut malih!," nanging pangucapémau mung lelamisan. Ana prekara liyasing dipikir. Lan sing dipikir kuwi singsatemené dikarepaké.

Page 415: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 23.8–18 748Sing kokpangan bakal kokwutahakémenèh, lan tembungmu manis ora anagunané.9Aja ngajak omong-omongan wongsing tanpa budi, sebab tembungmu singwicaksana bakal mung dirèmèhaké waé.10Aja ngunduraké pathok lawas watesélemahmu, lan aja ngrebut lemahé bocahlola.11Sebab Gusti Allah sing mbélaprekarané bocah mau kuwi mahakwasa.Panjenengané piyambak kang bakalprekaran karo kowé.12Gatèkna piwulangé gurumu langolèka kawruh sakatogmu.13Anakmu perdinen; ora-orané anakmumati yèn koksabeti,14malah bakal ndadèkaké beciké ingsaterusé.15Hé anakku, aku bungah yèn kowédadi wong wicaksana.16Atiku bakal mongkog menawa krungutembungmu sing jujur.17Kowé aja mèri karo wong-wong singgawé piala, nanging ngabektia marangAllah,18mesthi uripmu ing tembé bakalkepénak.

Page 416: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 23.19–26 7519Hé anakku, rungokna, dadia wongwicaksana, lan jaganen kelakuanmusupaya ora nyimpang saka dalan singbener.20Aja sesrawungan karo wong singgawéné mendem anggur utawa senengmangan énak.21Wong sing karem anggur lan manganénak kuwi wekasané bakal cilaka. Yènuripmu mung mangan lan turu ora suwébakal mlarat.22Rungokna pituturé bapakmu, sebabbapakmu kuwi sing nganakaké kowé, lanaja ngrèmèhaké ibumu samangsa ibumuwis tuwa, malah ngétokna enggonmungajèni.23Kabeneran, kawicaksanan, kawruhlan pangertèn kuwi akèh ajiné, mulanéaja kokedol.24Bapak bakal seneng yèn anakébecik atiné, lan mongkog yèn anakéwicaksana.25Bapak lan ibumu gawénen gedhéatiné, karebèn rumangsa begja dénéduwé anak kowé.26Hé anakku, pituturku gatèkna, nirualelakonku.

Page 417: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 23.27–34 7627Wong wadon tuna susila kuwipresasat kala-jiret sing mbebayani.28Kaya bégal sing ngadhang wong anaing dedalan sarta njalari wong lanangakèh padha sèdhèng.29Sing sapa seneng endem-endemanngombé anggur nganti bengi, lan senengngicipi campuran anggur anyar, yakuwiwong sing seneng sesambat njalukdiwelasi, sing selawasé gawé gègèr, lanselawasé ora nrima. Wong mau mripatéabang lan rainé abuh pating brénjol;mesthiné sing mengkono ora prelu.30 (23:29)31Mulané kowé aja kena digodhadéning anggur, senajan rupané abangsumringah, gumebyar ana ing tuwunglan yèn diombé énak rasané, anglermlebuné ing gorokan.32Nanging ésuké rasané awakmu kayamentas dicokot ula mandi.33Mripatmu banjur weruh rerupan singanèh-anèh, kowé ora bisa mikir lankandhamu ora cetha.34Rasané kaya lagi mabuk-laut ingtengahé segara, gondhal-gandhulgumantung ing cagaking prau.

Page 418: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 23.35–24.7 7735Kowé bakal muni, "Wah aku diantemi,nanging ora krasa. Aku digebugi, nangingaku ora kèlingan. Yagéné aku ora bisamenyat? Wah, yèn ngono aku prelungombé menèh!"

241Aja mèri karo wong ala, lan ajamemitran karo wong sing kaya

mengkono.2Wong mau gawéné mung ngrancang-ngrancang piala; sing digunem mungolèhé arep gawé cilakané liyan.3Omah kuwi ngadegé didhasarikawicaksanan lan4merga pangertèn kamar-kamaré diisiprabot lan barang-barang pèni sing akèhajiné.5Wong wicaksana kuwi wibawanéluwih gedhé ketimbang karo wong rosa.Pancèn mengkono, kawruh kuwi luwihpenting tinimbang kekuwatan.6Sebab wong sing kepéngin menang,dhisik dhéwé kudu duwé rancangan singapik sadurungé miwiti perang, mangkarancangan sing apik, yakuwi yèn akèhsing mènèhi rembug.7Wong sing tanpa budi ora ngertisurasané bebasan sing jero. Wong mau

Page 419: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 24.8–14 78

ora bisa urun rembug apa-apa samasaana prekara penting.8Sing sapa tansah ngrancang piala,bakal karan wong jail.9Apa sing kewetu saka wong tanpabudi mau anané mung piala. Wongsing seneng gawé cilakané liyan kuwidisengiti saben wong.10Yèn ing mangsa karubedan kowé ciliking ati, kuwi nélakaké yèn kowé pancènora duwé kekuwatan.11Aja mangu-mangu ngluwari wongsing diukum pati, ikhtiyarna luwaré wongsing arep digantung.12Bisa uga kowé duwé penganggepyèn kuwi dudu urusanmu, nanging GustiAllah pirsa alasanmu sing satemené.Panjenengané rak ngulataké kowé, lanbakal ngganjar manut penggawému.13Hé anakku, mangana madu, sebabkuwi becik kanggo kuwarasanmu. Kayadéné madu saka ing tala mau rasané legiing ilat,14 semono uga kawicaksanantumraping nyawa. Mulané nduwènanakawicaksanan, mesthi mbésuk uripmubakal kepénak.

Page 420: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 24.15–23 7915Aja kaya wong ala sing ngrancang-ngrancang mbégal wong mursid, utawangrebut omahé.16Sebab senajan wong mursid kerepambruk, nanging mesthi tangi menèh,nanging wong ala bakal tumpes déningbilai.17Aja seneng yèn mungsuhmu nemubilai, lan aja bungah-bungah yènmungsuhmu keplèsèt.18Sebab yèn Gusti Allah pirsa, kowémesthi dianggep ala ing ngarsané lanPanjenengané dadi murungaké enggonéarep males marang mungsuhmu mau.19Kowé aja kwatir bab wong ala, lanaja mèri marang wong mau.20Wong ala mono ora duwé pengarep-arep bab kaanané ing mbésuké.21Hé anakku, wedia marang Allah lanngurmatana Sang Prabu. Aja mèlu-mèlukaro wong sing mbaléla marang Allahlan Sang Prabu.22Wong sing mengkono sawayah-wayahbisa ketekan bilai, mangka kowé ngertisepira gedhéné bilai mau.23 Ing ngisor iki bebasan anggitané parawicaksana. Ana ing pengadilan, hakimora kena mawang wong.

Page 421: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 24.24–32 8024Hakim sing nyalahaké wong benerbakal diipat-ipati lan disengiti déningsaben wong.25Nanging hakim sing ngukum wongsing salah bakal begja uripé lan olèhjeneng apik.26Sing sapa awèh wangsulan kang jujurkuwi mitra sing sejati.27Aja ngedegaké omah utawa mbangunbrayat dhisik yèn pegawéan ingpategalanmu durung kokgarap ngantirampung, supaya kowé duwé apa singarep kokenggo sangu urip.28Aja nggorohi pepadhamu lan ajangapusi pepadhamu.29Kowé aja kandha, "Wong kuwi arepdakwales kaya penggawéné marangaku!"30Tau aku liwat ing palemahané wongkesèd, lan ing pakebonan angguré wongtanpa pikiran.31Wah kabèh kebak rerungkudan,lemahé ketutupan ing latengc lantémboké jugrug kabèh.32Kuwi kabèh daktamataké lan akuolèh piwulang.

clateng: bangsané tuwuhan.

Page 422: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 24.33–25.6 8133Sing sapa muni, "Turu sedhélaengkas, ngantuk sedhéla engkas,sedhakep sedhéla engkas, lèyèh-lèyèhsedhéla engkas,"34wong kuwi sajroné isih turu bakalketekan kemiskinan kaya rampog singnggawa gegaman.

251Bebasan-bebasan ikiiya anggitané Suléman,

diklumpukaké déning para abdiné Hizkiaratu ing Yéhuda.2Kita ngluhuraké Allah mergaPanjenengané medhar prekara-prekarasing winadi. Kita ngurmati Sang Prabumerga enggoné paring ketrangan.3Wong ora bisa njajagi penggalihé raja.Penggalihé ngungkuli kita kabèh, kayadhuwuré langit lan jeroné samodra.4Rereged ing slaka menawa diresiki,slaka mau kena digarap déning kemasandadi piranti.5Penaséhat sing ala singkirna saka ingngarsané Sang Raja, mula pepréntahanébakal adil.6Yèn ngadhep Sang Prabu ajagemedhé, lan aja nganggep awakmupadha karo wong gedhé.

Page 423: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 25.7–14 827Luwih becik wong akon kowé, "Kulaaturi minggah mriki," ketimbangkaro diasoraké ana ing ngarepé parapenggedhé.8Aja kesusu ngladèkaké prekara anaing pengadilan. Saupama banjur anawong liya sing mbuktèkaké yèn kowésalah, kowé arep muni apa?9Buktèkna karo pepadhamu yèn kowépancèn bener, nanging aja mbukakwadiné wong liya.10Supaya kowé ora diécé wong singpadha krungu, lan gentèn digawéwirang.11Tembung patitis sing diucapaké ingwektu sing cocog, kuwi kaya woh apelemas disèlèhaké ing piring slaka.12Pituturé wong wicaksana kuwi luwihaji, ketimbang karo ali-ali utawa hiasanemas murni.13Utusan sing setya kuwi gawé leganingatiné sing ngutus, kaya banyu adhemsing seger yèn nuju panèn ing mangsapanas.14Wong sing janji arep wèwèh nangingora tau diulungaké, kuwi presasatmendhung awor angin tanpa udan.

Page 424: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 25.15–21 8315Penggedhé sing keras wataké bisadiyakinaké nganggo kesabaran, tembungsing sarèh bisa ngempukaké ati singkeras.16Mangana madu sacukupé waé, ajanganti kewaregen, nganti kokwutahakémenèh.17Aja kekerepen sanja ing omahéwong, supaya wong mau ora bosen,nganti dadi sengit karo kowé.18Sing sapa awèh paseksi goroh ingngatasé pepadhané, padha kaya matèniwong mau nganggo penthung, pedhangutawa panah sing landhep.19Ngendelaké wong sing ora kenadiprecaya ing wektu karibedan, kuwikaya wong mamah tanpa untu utawamlaku mangka sikilé pincang.20Sing sapa menyanyi ing ngarepéwong sing lagi susah, kuwi kaya wongsing mbukak kemulé ing mangsabedhidhing utawa ngesokaké cokak anaing tatuné.21Wong sing sengit karo kowé, yènkeluwèn wènèhana mangan, yèn ngelakwènèhana ngombé.

Page 425: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 25.22–26.1 8422Srana mengkono wong mau bakalkisinan banget lan kowé bakal diganjardéning Allah.23Penyatur ala kuwi gawé panasing ati,kaya angin saka Lor kuwi mesthi nggawaudan.24Pilih manggon ing payoning omahketimbang dadi saomah karo rabi singseneng padu.25Krungu kabar becik ana ing negaramanca iku segeré kaya wong ngelakngombé banyu adhem ing mangsapanas.26Wong mursid sing kwatir ngadhepiwong ala kuwi kaya sumber sing buthekutawa kotor.27Kakèhan mangan madu kuwi orabecik, semono uga wong sing kakèhanpangalembana.28Wong sing ora bisa ngerèh nepsuné,upamané kaya kutha sing tanpa bètèng,mula gampang ditelukaké.

261Kaya déné ora ana salju tibaing mangsa panas lan udan ing

mangsa panèn, kaya mengkono uga oraana wong tanpa pikir sing diurmati.

Page 426: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 26.2–10 852 Ipat-ipat bakal ora mempan, kejabayèn kowé pancèn salah. Iku mung kayamanuk sing liwat mabur lan ora ménclok.3 Jaran kudu dipecut lan kuldi kududikendhalèni, mengkono uga wong tanpapikir mbutuhaké gebug.4Sing sapa mangsuli pitakoné wongtanpa pikir, kuwi dadi tanpa budi dhéwé.5Wong tanpa pikir iku kudu diwangsulimiturut kaanané sing bodho mau,supaya aja duwé penganggep yèndhèwèké kuwi wong pinter.6Sing sapa kongkonan wong tanpapikir, kuwi padha karo ngetok sikilédhéwé, ateges nyilakani awaké dhéwé.7Wong tanpa budi ora bisa migunakakébebasan, kaya déné wong lumpuh orabisa migunakaké sikil kanggo mlaku.8Sing sapa ngurmati wong tanpa budi,kuwi padha waé karo nalèni watu anaing bandhil.9Wong tanpa budi sing ngucapakébebasan kuwi kaya wong mendem singngarah njupuk eri sing tumancep ingtangané.10Wong sing njupuk wong gemblungutawa wong mendem dadi buruhé, kuwi

Page 427: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 26.11–19 86

presasat wong manah sing natoni sabenwong sing liwat.11Kaya déné asu mbalèni utah-utahané, mengkono uga wong tanpapikir ngambali bodhoné.12Wong tanpa budi sing bodho dhéwé,kuwi kaanané luwih becik, ketimbangkaro wong sing rumangsa pinter dhéwé.13Wong kesèd wegah ninggal omahé,ujaré, "Ana ing dalan lan lurung-lurungana singa."14Wong kesèd ngglébag ngiwa ngglébagnengen ana ing peturoné, kaya lawangmubeng ing èngsèlé.15Wong kesèd muluk ing piring,nanging awang-awangen ngangkattangané menyang lambéné.16Wong kesèd rumangsa luwih pinterketimbang karo wong wicaksana pitusing pinter mangsuli.17Wong sing mèlu-mèlu tukar-padusing dudu urusané, kuwi kaya wongmlaku ing dalan njèwèr kupingé asu.18Wong sing nasaraké liyan, mangkangakuné mung geguyon, kuwi wonggendheng sing dolanan geni.19 (26:18)

Page 428: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 26.20–27.2 8720Tanpa kayu geni bakal mati; tanpapenyatur ala tukar-padu bakal sirep.21Merga anané areng, mawa terusmengangah; merga kayu, geni murubterus, mengkono uga penyatur ala gawéndadiné tukar-padu.22Penyatur ala kuwi kaya pangananénak. Saben wong seneng mangan.23Lambé manis sing nutupi kekarepanala kuwi kaya krèwèng kalapis slaka.24Wong lamis kuwi nutupi rasa sengitnganggo tembung manis.25Aja ngandel karo sumèhé ulaté,merga atiné ngendhem rasa sengit.26Senajan wong nutupi rasa sengit,nanging penggawéné ala bakal konangandéning wong akèh.27Sing sapa masang kala kanggowong liya bakal kejiret dhéwé, singsapa ngglundhungaké watu bakalkeglundhungan dhéwé.28 Ilat cidra natoni wong sing disengiti,lambé cidra nekakaké karusakan.

271Aja gemunggung mungguh dinasésuk, awit kowé ora ngerti apa

sing bakal kelakon ing dina sésuk.2Karebèn wong liya sing ngalem kowé,aja lambému dhéwé; karebèn wong

Page 429: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 27.3–10 88

sing kowé ora kenal waé, aja lambémudhéwé.3Senajan watu lan pasir kuwi abot,nanging ora sepiraa yèn katandhing karolaraning ati merga saka penggawénéwong tanpa budi.4Brangasan kuwi tegelan lan gawérusak, nanging dudu apa-apa yènkatandhing karo cemburu.5Becik pamelèh sing blaka, tinimbangkatresnan sing ora dikétokaké.6Mitra karepé apik, senajan kowédigebug, nanging menawa kowédirangkul mungsuhmu, sing ngati-ati.7Yèn kowé lagi wareg, senajan madupisan koktampik; nanging yèn kowéngelih, senajan pangan sing pait pisanrasané legi.8Wong sing ana ing paran, kuwi kayamanuk sing ninggal susuhé.9Ganda arum lan lenga wangi gawésenengé ati, nanging karubedangawé bubrahing pikir lan ngilangakétentreming ati.10Aja lali karo mitramu lan mitranébapakmu. Yèn ngalami karubedan ajanjaluk tulung marang sedulur; tangga

Page 430: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 27.11–18 89

sing cedhak luwih becik tinimbangsedulur sing adoh.11Hé anakku, tumindaka kanthiwicaksana, supaya seneng atiku, lan bisamangsuli wong sing padha nacad aku.12Wong wicaksana ngéndhani bilai singarep nekani, nanging wong tanpa pikirmalah methukaké.13Sing sapa merga bodhoné nanggungutangé wong sing dudu kenalané, kuwibecik yèn barang-darbèké dirampasdienggo nanggung lunasé utang mau.14Sing sapa isih ésuk umun-umunawèh salam karo mitrané nganggo swarasora nganti gawé kagèté, kuwi padhakaro ngipat-ipati mitrané.15Rabi sing crèwèt kuwi kaya payontrocoh ing mangsa udan.16Sing sapa bisa gawé menengé, kuwipresasat bisa ngendheg angin utawanggegem lenga.17Wesi landhepé menawa diasahnganggo wesi; semono uga manungsadadi pinter merga sesrawungan karopepadhané.18Sing sapa ngrumati wit anjir bakalmangan wohé, lan abdi sing nggematènibendarané bakal diajèni.

Page 431: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 27.19–27 9019Sing sapa ngilo ing banyu weruhrupané, mengkono uga atiné manungsakuwi nuduhaké watak-wataké wongmau.20Pepénginané ati kuwi kaya donyanéwong mati, ora kebak-kebak, tansahbisa ditambahi menèh.21Emas lan slaka bisa diuji nganggogeni, nanging ala-beciké wong diukurnganggo penganggepé wong akèh.22Wong sing tanpa pikir senajanditutu awor karo gabah ana ing lesung,bodhoné ora bakal ilang.23Wedhus lan raja-kayamu gematènanakalawan tliti;24 sebab kasugihan mono ora tetep;senajan bangsa pisan ora langgengselawasé.25Mulané nglumpukna damèn lanngarita suket ing pèrèng-pèrènginggunung.26Pakakna wedhusmu supaya wulunékena koktenun kagawé klambi, lanwedhusmu lanang kena kokedol kanggotuku lemah.27Malah cukup kanggo panganmulan pangané brayatmu sarta kanca-kancamu.

Page 432: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 28.1–8 91

281Wong ala mlayu, senajan oraana sing mburu, nanging wong

mursid kendel kaya singa.2Bangsa sing akèh dosané pijer gonta-ganti pemimpin; bangsa mau sentosalan lestari menawa dierèh déning wongpinter sing wicaksana.3Penggedhé sing nindhes wong miskinkuwi kaya udan deres sing ngrusakpanèn.4Wong sing ora ngajèni prenatan kuwingalem marang wong duraka, nangingwong mursid nepsu menawa prenatandirusak.5Wong duraka ora ngerti apa singdiarani bener, nanging wong mursidngerti samubarang.6Luwih becik dadi wong miskin nangingjujur, ketimbang dadi wong sugih singculika.7Anak sing netepi prenatan kuwiwicaksana, nanging anak sing senengsesrawungan karo wong ora kanggo inggawé, gawé wirangé bapakné.8Wong sing sugihé merga nganakakédhuwité, kasugihané bakal dadipandumané wong sing melasi wongmiskin.

Page 433: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 28.9–16 929Sing sapa ora maèlu prenatan,pandongané disengiti déning Allah.10Sing sapa nasaraké wong mursidmarang dalan sing ala, bakal kejiretdéning kalané dhéwé. Wong sing orakaluputan nampa ganjaran.11Wong sugih selawasé rumangsawicaksana, nanging wong miskin singwicaksana ngerti kaanané wong mausing satemené.12Yèn wongmursid nyekel pepréntahan,wong kabèh padha seneng, nangingyèn wong ala olèh pangkat wong kabèhpadha umpetan.13Sing sapa nutupi kaluputané orabakal maju, nanging sing sapa ngakonilan marèni kaluputané dikasihi déningAllah.14Mbangun-turuta marang Allah,mesthi uripmu bakal begja. Nanging yènkowé wangkal bakal ditumpes.15Wong miskin kuwi tanpa dayangadhepi penggedhé sing duraka, sebabpangwasa mau presasat singa nggerogolèk memangsan.16Penggedhé sing ora wicaksana kuwiwataké ambek siya. Sing sapa sengitmarang piala lestari pangwasané.

Page 434: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 28.17–24 9317Sing sapa matèni wong kuwindhudhuk kuburé dhéwé kanthirerikatan, mulané aja kokcegah!18Sing sapa temen lakuné bakalkapitulungan, nanging sing sapa oratemen ora kenyana-nyana bakal tibakejrungup.19Wong tani sing pethel ing gawé bakalora kekurangan pangan, nanging wongsing ora nggemèni wektu bakal tiba ingkemlaratan.20Wong sing jujur uripé binerkahan,nanging sing ngaya kepéngin énggal-énggal sugih nyiksa awaké dhéwé.21Pilih kasih kuwi ora prayoga,éwasemono ana wong sing gelemnglakoni piala mung merga pangansaemplokan.22Wong drengki kuwi ngaya kepéngindadi sugih, nanging ora nyana yèn bisaketekan kemlaratan.23Sing sapa melèhaké wong kuwiwekasané luwih ditresnani tinimbangkaro wong sing ngolor.24Sing sapa nyolong barangé bapa lanbiyungé, mangka nganggep kuwi orasalah, padha karo wong ngrampog.

Page 435: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 28.25–29.3 9425Wong watak mélikan kuwi njalaritukar-padu, nanging sing sapa precayamarang Allah kalubèran berkah.26Sing sapa ngendelaké atiné dhéwékuwi wong tanpa budi, nanging singlakuné kalawan kawicaksanan oncatsaka bilai.27Sing sapa wèwèh marang wongmiskin, bakal ora nandhang kacupetan,nanging sing ngeremaké mripaté kanggowong miskin, bakal kena ing ipat-ipat.28Samasa wong duraka olèh pangwasa,wong-wong padha umpetan, nangingyèn wong mau ditumpes, wong mursidgenti nyekel pangwasa.

291Sing sapa saben diwelèhakémangkotaké atiné, bakal dirusak

dadakan, nganti ora kena didandanimenèh.2Pangwasa sing adil gawé bungahérakyat, nanging yèn sing nyekelpangwasa wong duraka, rakyatésambat-sambat.3Sing sapa rumaket ing kawicaksananndadèkaké bungahé bapakné, nangingsing sapa sesrawungan karo sundel,ngebrèh-ebrèh kasugihané.

Page 436: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 29.4–12 954Raja nyentosakaké negara srananindakaké keadilan, nanging sing narikpajeg kakèhen gawé ambruké negara.5Sing sapa dhemen ngalem pepadhané,kuwi masang jiret ing sikilé dhéwé.6Wong ala kejiret déning pialanédhéwé, nanging wong temen uripé bébaslan bungah.7Wong becik kuwi ngurmati wewenangéwong miskin, nanging wong ala ora mikirtekan semono.8Wong sing ora maèlu kepentinganépepadhané kuwi gawé gègèré negara,nanging wong wicaksana nyirephuru-hara.9Yèn wong wicaksana prekaran karowong sing tanpa pikir, wong sing tanpapikir mau bakal nggeguyu, omonganéseru lan ngawur.10Wong ambek siya kuwi sengit karowong temen, nanging wong mursidngayomi uripé wong temen.11Wong tanpa pikir ngumbar nepsunésakatogé, nanging wong wicaksanasabar lan ngendhalèni rasaning atiné.12Yèn wong sing nyekel pangwasaseneng karo laporan palsu, punggawanékabèh bakal seneng goroh.

Page 437: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 29.13–21 9613Wong miskin lan wong ambek siyakuwi Gusti Allah sing paring mripatmarang karo-karoné.14Raja sing tumindak adil marang wongmiskin pepréntahané bakal lestari suwé.15Gitik lan pitutur kuwi ngolèhakékawicaksanan, nanging bocah ugungangawé wirangé ibuné.16Yèn saya akèh wong ala sing nyekelpangwasa, kadursilan bakal mundhakakèh. Wong mursid bakal lestari urip lannyipati ambruké wong-wong mau.17Anakmu perdinen, mesthi bakalndadèkaké ayemé atimu, malah awèhkabungahan marang kowé.18Bangsa sing ora katuntun déningwangsité Allah dadi wong urakan. Begjawong sing netepi pepakoné Allah.19Batur aja mung diperdi nganggotembung thok, sebab senajan ngerti,wong mau ora bakal nggatèkaké.20Wong sing gunemé tanpa dipikir kuwiluwih asor tinimbang wong sing tanpapikiran.21Batur yèn cilik mula diugung,wekasané bakal ngrampas barang-darbèkmu kabèh.

Page 438: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 29.22–30.1 9722Wong sing cepak nepsuné nekakakétukar-padu lan huru-hara.23Sing sapa gemedhé ndadèkakéawaké ora kajèn, nanging sing watakéandhap-asor bakal diluhuraké.24Sing sapa nampani panduman sakamaling, kuwi ora ngéman awaké dhéwé.Yèn wong mau gelem ngaku ana ingpengadilan, bakal diukum negara,nanging yèn ora ngaku diukum déningAllah.25Wedi marang manungsa oranylametaké, nanging sing sapakumandel marang Allah kareksa kalawansentosa.26Akèh wong sing ngudi supaya olèhsih saka penggedhé, nanging mung Allahkang bisa paring keadilan.27Wong mursid sengit marangpenggawéné wong duraka, lan wongduraka sengit marang wong mursid.

301Pangandikané Agur bin Yaké,menawa ana wong sing ngucap

mengkéné, "Gusti Allah ora nunggil karoaku, Gusti Allah ora nunggil karo aku,mula semplah atiku."

Page 439: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 30.2–8 982Aku iki luwih ngèmperi kéwantinimbang manungsa, aku ora duwé akalbudi kaya lumrahé manungsa.3Aku ora tau nggegulang kawicaksanan,lan ora duwé kawruh bab Allah babar-pisan.4Sapa sing duwé kawruh kaswargan?Sapa sing tau nggegem angin ana ingtangané? Sapa sing tau mbuntel banyuana ing jubahé? Sapa sing nemtokakéwates-watesé bumi? Kuwi jenengé sapa?Lan sapa jenengé anaké? Kowé rakweruh?5Gusti Allah netepi sakèhé janjiné.Panjenengané dadi tetamèngé wong singkumandel marang Panjenengané.6Aja nambahi marang pangandikané,supaya kowé aja diukum lan ketemugoroh.7Dhuh Allah, kalih prekawis ingkangkawula suwun, mugi sampun Padukatampik, mugi kaparingana sadèrèngipunkawula pejah, inggih menika:8Kawula katebihna saking wicantengoroh, menapa malih sampun Padukaganjar kemlaratan utawi kasugihan,nanging kaparingana rejeki sacekapipunkémawon;

Page 440: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 30.9–16 999 supados menawi kawula ketuwukensampun ngantos nyélaki Paduka kaliyanmungel, "Gusti Allah kuwi sapa?,"utawi menawi kawula miskin, kawulalajeng purun nyolong, lan damel wirangAsmanipun Allah kawula.10Aja madulaké batur ana ing ngarepébendarané, supaya batur mau aja ngantinyupatani kowé, sarta kowé kanggepluput.11Ana sawenèhing wong sing nyupatanibapakné lan ora nyuwunaké berkahkanggo ibuné.12Ana sawenèhing wong sing ngalemawaké dhéwé yèn resik, mangka nyatanékotoré ora karu-karuwan.13Ana wong sing rumangsa becik, oraana tandhingé.14Ana sawenèhing wong sing tegelmeres wong miskin; mengkono caranégolèk kauntungan.15Lintah duwé anak wadon loro,karo-karoné dijenengaké: "Aku njaluk!"Ana patang prekara sing ora tau wareglan kandha, "Cukup!," yakuwi:16donyané wong mati, wong wadonsing gabug, lemah garing sing butuhudan, lan geni sing ora kena disirep.

Page 441: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 30.17–25 10017Sing sapa ngala-ala bapakné lanngrèmèhaké ibuné sing wis tuwa,beciké dipakakaké manuk gagak, utawakarebèn dimangsa manuk beri.18Ana patang prekara kang samartumraping aku, yakuwi:19patrapé manuk garudha nemu dalanéing awang-awang, lakuné ula sing nlosorana ing parang, lakuné prau ana ingtengahé samodra, lan wong lanangutawa wadon enggoné nemu jodhoné.20Penggawéné wong wadon singlaku bédhang kuwi mengkéné: Sawisénglakoni bédhang, banjur adus lan muni,"Aku ora nglakoni piala apa-apa!"21Ana patang prekara sing ora ditampabecik déning masarakat, yakuwi:22batur sing dadi raja, wong tanpa pikirsing keturutan mangan apa waé singdisenengi,23wong wadon tampikan sing olèhbojo, lan batur wadon sing nglèngsèrkalenggahané bendarané putri.24 Ing donya ana kéwan papat singsenajan cilik, nanging pinter banget,yakuwi:25 semut, kéwan sing ringkih, nangingsajroné mangsa panas nandho pangané,

Page 442: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 30.26–31.1 10126wedhus gunung, kéwan sing orarosa, nanging gawé omahé ana ingparang-parang,27walang, kéwan sing ora duwé raja,nanging bisa nglurug tekan endi-endigegolongan,28 cecak, kéwan sing kena dicekelnganggo tangan, nanging iya ketemuana ing dalemé raja-raja.29Ana patang prekara kang gagahlakuné, yakuwi:30 singa, kéwan sing rosa dhéwé ingantarané para kéwan, lan ora duwé wedimarang sapa waé,31wedhus lanang, jago sing njangkahkalawan angkuh, raja-raja menawapinuju ing ngarepé kawulané.32Yèn kowé merga saka bodhomungegungaké awakmu dhéwé lanngrancang piala, menenga lan rasak-rasakna dhisik!33Sebab susu yèn diudhek dadimertéga; yèn irung diantem metugetihé. Sing sapa gawé nepsuné wong,gawé dhadhakan kerengan.

311 Iki pitutur kanggo Lemuèl, rajaing Masa, saka ibuné.

Page 443: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 31.2–9 1022Hé anakku, anak kang daklairaké,wohing pandongaku. Mengkénépituturku,3 "Kekuwatanmu aja kokentèkakékanggo laku jina lan bandhamu ajakoktanjakaké kanggo nguja wong wadonsing ngrusak para raja.4Rungokna Lemuèl, kanggoné raja orapantes yèn ngombé anggur utawa karemminuman keras.5Sebab yèn ngombé kowé bakalnyepèlèkaké prenatan lan prekaranéwong cilik.6Minuman keras kuwi kanggo wongsing arep nemu karusakan, lan anggurkanggo wong sing lagi nandhangkasusahan.7Wong-wong kuwi karebèn ngombésupaya lali karo kemlaratané lankasusahané.8Bélanana prekarané wong-wong singora bisa mbélani prekarané dhéwé;tanggungen prekarané wong-wong singkatindhes.9Bukaken lambému lan gawéa putusansing adil. Ayomana haké wong mlaratlan wong sing papa nistha."

Page 444: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 31.10–18 10310Golèk rabi sing wicaksana kuwi oragampang. Rabi sing mengkono mauajiné ngungkuli mutiara.11Wong wadon sing mengkono dadiandel-andelé sing lanang, sing lanangbakal ora tumiba ing kemlaratan.12Sajegé urip gawé becik marang singlanang, ora tau natoni atiné.13Rabi mau sregep ngantih wuluwedhus gèmbèl lan serat rami, katenunkagawé sandhangan léna alus.14Wong mau padha kaya prau singlelayaran menyang negara adoh, balinggawa pangan.15Saben ésuk sadurungé byar wistangi masak pangan kanggo brayaté,lan ngedum pegawéan marang pararéwangé.16Wong mau golèk palemahansing disenengi, banjur dituku landitanduri anggur; ragadé dibayar sakaolèh-olèhané gawéané tangané.17Wong mau ora nampik gawéan, rosa,sregep lan trampil.18Ngerti yèn paéguhé mau nekakakékauntungan, wong mau enggonényambut-gawé nganti wengi.

Page 445: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 31.19–29 10419Sandhangané ditenun saka benangolèhé ngantih dhéwé.20Loma marang wong miskin landemen tetulung marang wong sing butuhpitulungan.21Senajan mangsa adhem, orabingung, jalaran brayaté padha nganggoklambi anget kabèh.22Peturoné dislèmèki babut lansandhangané saka léna alus wungu.23Sing lanang jenengé kesuwur, dadisalah sawijiné pemimpin ing panggonankono.24Wong wadon mau nggawènisandhangan lan sabuk diedol marangpara sudagar.25Gedhé kawibawané lan kajèn-kéringan, ora samar ngadhepi dinambésuk.26Tembungé merak ati lan kebakkawicaksanan.27Wongé ora tau lèrèn, tansah sibukngurusi kebutuhané brayaté.28Anak-anaké padha ngajèni lan bojonéora entèk-entèk pengalemé marangwong mau.29Tembungé, "Akèh wong wadon singbecik, nanging kowé kuwi meksa sing

Page 446: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMSAL 31.30–31 105

becik dhéwé ing antarané wong kabèhmau."30Éndahing pawakan lan ayuné rupabakal ilang, nanging wong wadonsing ngabekti marang Allah bakalkaalembana.31Wong sing mengkono mau wajib olèhhasiling panyambut-gawéné lan pantesdiurmati déning saben wong.

Page 447: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

Pengkhotbah

11 Iki pangandikané Juru Khotbah,raja ing Yérusalèm, putrané Dawud.

2Tanpa guna, tanpa guna, mengkonopangandikané Juru Khotbah. Tanpa gunabanget, samubarang kabèh tanpa guna.3Apa gunané manungsa nanjakakéuripé kanggo nyambut-gawé ana ingdonya?4Turunan sing siji lunga, turunansijiné teka, nanging bumi tetep waé oraowah-owah.5Srengéngé mlethèk, srengéngésurup, banjur énggal-énggal maranipanggonané mlethèk menèh.6Angin midid saka Kidul, nuli mingermidid saka Lor, tansah mingar-minger,bola-bali.7Kali kabèh padha anjog ing segara,éwadéné segara ora dadi kebak;menyang ngendi parané ilining kali, yamrono selawasé.8Kabèh mau mboseni, saking bangeténganti ora kena dikandhakaké nganggotembung. Mripat ora tau wareg

Page 448: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

PENGKHOTBAH 1.9–16 2

ndedeleng, lan kuping ora wareg-waregenggoné ngrungokaké.9Kabèh sing biyèn wis ana bakal anamenèh, lan apa sing biyèn wis kelakonbakal kelakon menèh. Ora ana baranganyar ing bumi kéné.10Apa ana wong muni, "Delengen, ikibarang anyar!" Ora, sebab barang kuwibiyèn ya wis ana, suwé sadurungé kitalair.11Ora ana wong sing kèlingan lelakon-lelakon dhèk jaman kuna, lan iya ora anawong sing bakal ngerti apa sing bakalkelakon ing antarané dina iki lan sésuk.12Aku, Juru Khotbah, dadi raja ingIsraèl; kedhatonku ana ing Yérusalèm.13Atiku kenceng arep nliti lan nyinausamubarang sing kelakon ana ing donya.Kuwi nasib kita saka kersané Allah.14Aku wis nitèni sakèhé lelakon singana ing donya kéné. Kabèh ketemunétanpa guna, ora béda karo mburu angin.15Sing béngkong ora kenadilencengaké, sing ora ana orakena diétung.16Aku kandha ing sajroning ati, "Aku ikiwis dadi wong gedhé, luwih wicaksanatinimbang sapa waé sing tau dadi raja

Page 449: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

PENGKHOTBAH 1.17–2.4 3

ing Yérusalèm sadurungé aku. Aku ngertitegesé kawicaksanan lan pangertèn ingsejatiné."17Aku kudu bisa mbédakaké kawruhlan kabodhoan, kawicaksanan lan tanpabudi. Nanging aku banjur rumangsa yènprekara mau uga ora béda karo mburuangin.18Awit saya wicaksana, saya akèhprekara sing dikuwatiraké, lan saya akèhkawruhé wong, saya akèh prihatiné.

21 Ing batin aku muni mengkéné, "Akudaknyoba nyeneng-nyenengaké ati.

Urip mukti wibawa kuwi rasané kepriyé!Nanging ketitik yèn iya tanpa guna."2Miturut panemuku, "Wong ngguyukuwi kliru, lan wong seneng apagunané?"3Merga saka kepéngin olèhkawicaksanan, aku nyoba gawébungahing atiku srana ngombé anggurlan seneng-seneng. Gagasanku:mesthiné mengkéné iki carané wongnanjakaké uripé sing mung sedhéla anaing donya iki.4Aku banjur miwiti pegawéan singhébat. Aku yasa omah akèh, lan gawépakebonan anggur.

Page 450: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

PENGKHOTBAH 2.5–11 45Aku yasa petamanan lan kebonwowohan akèh, sing metokaké wowohanwerna-werna.6Aku gawé blumbang dakenggo ngilènipakebonan mau.7Aku tuku batur akèh, lan akèh singpadha lair ana ing omahku. Raja-kayakuluwih akèh ketimbang karo duwèké sapawaé sing tau manggon ing Yérusalèm.8Aku iya nglumpukaké slaka lan emassing daktampa saka para raja ingnegaraku. Aku duwé penyanyi akèh,lanang lan wadon, sing padha menyanyikanggo nglejaraké atiku. Kejaba kuwiaku bisa golèk selir pira waé singdakkarepaké.9Aku dadi wong gedhé, ngungkulisapa waé sing tau manggon ingYérusalèm sadurungé aku, lan sajronékuwi mau kabèh aku ora tau lali karokawicaksananku.10Aku kena nglakoni apa waé singdakkarepaké. Ora ana kasenengan singdakcegah. Atiku mongkog ndeleng asilépegawéan lan kangèlanku.11Bareng aku nliti sakèhé pegawéansing wis daklakoni kanthi ngrekasa,

Page 451: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

PENGKHOTBAH 2.12–17 5

ketitik yèn kuwi mau kabèh tanpa guna.Ora béda karo mburu angin.12 Jebul raja iya mung bisa nindakakéapa sing tau ditindakaké déning rajasadurungé. Aku banjur wiwit nggatèkakéwong sing wicaksana, wong sembranalan wong tanpa budi.13Aku banjur weruh: "Yènkawicaksanan kuwi luwih becik tinimbangkabodhoan, ya kaya pepadhang enggonéluwih becik ketimbang karo pepeteng.14Wong wicaksana ngerti apa singdikarepaké, nanging wong bodho orangerti." Nanging aku ya ngerti yènnasibé karo-karoné padha.15Aku banjur rumangsa, "Yèn nasibkupadha waé karo nasibé wong bodho. Yènmengkono apa paédahé aku biyèn ngudisupaya dadi wong wicaksana. Ora anapaédahé. Sethithik waé ora ana."16Sebab wonga wicaksana, wongagemblung ora ana sing diélingi ingselawasé. Karo-karoné mbésuk bakalkalalèkaké. Kabèh wong ngalamimati, iya sing wicaksana, utawa singgemblung.17Dadi tumraping aku urip kuwi oraana paédahé, sebab samubarang sing

Page 452: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

PENGKHOTBAH 2.18–22 6

dakalami sajroning urip mung gawésusahé atiku. Kabèh mau tanpa guna,padha karo mburu angin.18Ora ana asiling pegawéanku utawaolèh-olèhané kangèlanku sing maédahimarang aku, merga aku ngerti yèn kuwikabèh mesthi daktinggalaké marangwong sapungkurku.19Bisa uga wong kuwi wicaksana, bisauga wong gemblung, aku ora ngerti.Éwasemono wong mau bakal nduwènisamubarang pametuné kangèlanku lansamubarang hasiling kawicaksanankuselawasé aku urip ing donya kéné. Dadikabèh mau ora ana paédahé.20Mula aku gela ing ngatasé sakèhékangèlan sing wis daklakoni sajegéuripku ing donya kéné.21Sebab aku sing kangèlan nyambut-gawé kanthi kawicaksanan, kawruhlan ketrampilan, nanging asilé kududaktinggalaké wong sing babar-pisanora tau nglakoni apa-apa. Mulané kuwikabèh tanpa guna lan cilaka gedhé.22Apa olèh-olèhané manungsasaka kangèlané ing donya lan sakapangarahing atiné.

Page 453: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

PENGKHOTBAH 2.23–3.3 723Déné uripé kebak kasusahan,lan enggoné nyambut-gawé kebakkaribedan, malah yèn bengi atiné oratentrem, kuwi kabèh rak tanpa guna.24Sing dadi kabegjané wong oraana kejaba menawa mangan lanngombé, sarta ngrasakaké olèh-olèhanékangèlané. Nanging aku rumangsa yènkuwi pinangkané saka ing astané Allah.25Sebab sapa bisa mangan lan nikmatibarang sing ora saka peparingé Allah?26Sebab Allah piyambak sing paringkawicaksanan lan kawruh sartakabungahan marang wong sing dikasihi,nanging wong dosa dikersakakényambut-gawé ngethiyel nglumpukakélan nenandho barang-barang sing arepdiparingaké marang wong sing dikasihiAllah. Kuwi rak ya tanpa guna lan padhakaro mburu angin.

31Samubarang kabèh sing kelakoning donya iki kelakoné ing wektu sing

katetepaké déning Allah.2Panjenengané sing netepaké wektunéwong nandur lan wektuné wong mbedholtanduran mau.3Wektuné wong matèni lan wektunéwong marasaké; wektuné wong

Page 454: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

PENGKHOTBAH 3.4–11 8

ngrubuhaké lan wektuné wongmbangun.4Panjenengané sing netepakémangsané nandhang susah lanmangsané bungah-bungah; mangsanésesambat lan mangsané jejogèdan.5Mangsané mbangun tresna, lanmangsané pepisahan; mangsanérerangkulan lan mangsané ngeculakérangkulan.6Panjenengané netepaké mangsanégolèk lan mangsané kélangan; mangsanényèlèngi lan mangsané mbuwang.7Ana mangsané nyuwèk lan anamangsané ndondomi; ana mangsanémeneng lan ana mangsané guneman.8Panjenengané netepaké mangsanénresnani lan mangsané nyengiti;mangsané perang lan mangsané rukun.9Wong sing nyambut-gawé olèh hasilapa saka kangèlané?10Aku wis nitèni momotan abot singdiparingaké Allah marang kita.11Panjenengané nitahaké samubarangkang becik ing wektu sing ditetepaké,malah ndunungaké urip langgenging atiné manungsa, nanging wong

Page 455: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

PENGKHOTBAH 3.12–17 9

ora diparingi kawruh kanggo njajagipakaryané Allah sasampurnané.12Dadi sing apik dhéwé kanggonémanungsa kuwi yèn bisa urip kanthiseneng lan gawé becik selawasé isihurip.13Kita kabèh kudu padha mangan lanngombé sarta ngrasakaké kanikmataningpametuné olèhé nyambut-gawé. Kuwikabèh ganjaran peparingé Allah.14Aku ngerti yèn apa sing ditindakakéAllah kuwi langgeng selawasé, ora kenaditambahi lan ora kena dielongi, mangkaenggoné mengkono mau supaya wongpadha wedia marang Panjenengané.15Apa sing saiki ana kuwi biyèn wisana, lan apa sing mbésuk bakal ana,ing mauné iya wis ana. Apa sing biyènana dianakaké menèh déning Allah,mengkono saterusé.16Kejaba kuwi aku wis nitèni, yèn ingdonya kéné panggonan sing mesthinédadi papané keadilan, malah ora anakeadilan.17Osiké atiku mengkéné, "Gusti Allahbakal ngadili wong mursid lan wong alatanpa mbédak-mbédakaké, merga saben

Page 456: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

PENGKHOTBAH 3.18–4.1 10

prekara lan saben penggawé padhakatemtokaké mangsané."18Manut panemuku, kita kabèh padhadidadar déning Allah, kanggo nélakakéyèn satemené kita iki ora luwih beciktinimbang kéwan.19Dikapak-kapakna nasibé manungsaora béda karo nasibé kéwan. Loro-loronépadha ngalami mati. Sakaro-karonépadha kaparingan urip. Manungsa oraluwih unggul tinimbang kéwan, sebabsamubarang kabèh kuwi tanpa guna.20Sakaroné bali dadi lebu.21Sapa ta sing weruh yèn nyawanémanungsa munggah menyang swargalan nyawané kéwan medhun menyangsangisoré bumi?22Miturut panemuku sing apik dhéwékanggoné manungsa yakuwi menawawong mau kalawan bungah ngrasakakékanikmatan saka hasiling pegawéané.Liyané kuwi kita ora bisa apa-apa. Sebabsapa sing bisa awèh weruh apa singbakal kelakon sawisé kita mati?

41Aku banjur nitèni lelakon-lelakonsing ora adil ana ing donya. Wong

sing katindhes padha nangis, nangingora ana sing nulungi. Ora ana sing

Page 457: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

PENGKHOTBAH 4.2–8 11

nulung, merga wong sing nindhes padhaduwé pangwasa.2Mulané aku ngarani wong sing wismati suwé kuwi luwih begja tinimbangwong sing saiki isih urip,3nanging luwih begja menèh tinimbangwong-wong mau kabèh, wong singdurung tau dilairaké, merga wong kuwiora tau nyipati panyia-nyia sing kelakonana ing donya iki.4Aku iya nitèni wong padha nyambut-gawé abot, kepéngin olèh gawé, mergamèri karo kancané. Nanging kuwi iyatanpa guna lan padha karo mburu angin.5Ana sing muni mengkéné, "Wong singmung sedhakep waé kuwi bakal matikaliren."6Bisa uga mengkono. Nanging luwihbecik duwé barang sethithik kalawan atitentrem, ketimbang tangan loro kanggomburu angin.7Aku iya weruh prekara liyané menèhsing tanpa guna ing donya iki.8Ana wong sing urip ijèn. Oraduwé anak lanang, lan ora duwésedulur lanang. Éwasemono wongmau nyambut-gawé sakatogé, durungmarem karo kasugihané. Wong kuwi

Page 458: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

PENGKHOTBAH 4.9–15 12

nyambut-gawé kanggo sapa, lan apapaédahé gawé rekasa awaké, nyingkirikepénaké awak? Apa kuwi ora tanpaguna lan nyiksa awak?9Becik wong loro bebarenganketimbang ijèn, sebab wong loro singbebarengan asilé nyambut-gawé luwihakèh.10Yèn salah siji tiba, sijiné bisanangèkaké. Nanging wong sing ijèn, yèntiba, ora ana sing nulungi.11Mengkono uga wong loro menawabebarengan turu, awaké padha dadianget, nanging wong ijèn bisané angetkepriyé?12Wong loro wani nglawan samasadirodha-peksa, nanging wong ijèn orawani. Tali sing tamparé telu ora gampangpedhot.13Luwih becik nonoman miskinsing wicaksana, ketimbang karo rajatuwa sing gemblung, sing ora kenadikandhani.14Sebab nonoman sing dikunjaradéning raja mau sametuné saka kunjarabanjur dadi raja.15Aku mikir-mikir bab wong-wongsing padha urip ing donya iki. Manut

Page 459: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

PENGKHOTBAH 4.16–5.4 13

panemuku wong akèh mau padha rujukkaro nonoman sing kepéngin nggentèniraja tuwa kuwi.16Tanpa wilangan cacahé kawulané,nanging yèn raja sing kèri mau iya séda,ora ana wong sing ngaturaké panuwunmarang lelabeté. Kuwi kabèh tanpaguna, lan padha waé karo mburu angin.

51 (4-17) Sing ngati-ati menawakowé sowan ing Pedalemané Allah.

Luwih becik ana ing kana nyedhak karongrungokaké, ketimbang karo saoskurban kaya patrapé wong gemblung,sing ora bisa mbédakaké ala lan becik.2 (5-1) Pikiren dhisik sadurungékumecap. Lan aja kesusu janji apa-apamarang Gusti Allah. Panjenengané anaing swarga, mangka kowé ana ing bumi,mulané aja ngucapaké tembung luwihsaka mesthiné.3 (5-2) Saya akèh prekara singkokkuwatiraké, saya gampang olèhmuimpèn ala, ora béda karo kakèhanomong marakaké gawé kaluputan.4 (5-3) Dadi yèn kowé ngaturaké kaulmarang Allah, énggal-énggal luwarana.Sebab Gusti Allah ora rena karo wongtanpa pikiran.

Page 460: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

PENGKHOTBAH 5.5–10 145 (5-4) Luwih becik ora ngunjukaképunagi,a ketimbang karo nglairaké ujarmangka ora kokluwari.6 (5-5) Aja ngucapaké tembung singbisa dadi dhadhakan kowé tumiba ingdosa, supaya aja nganti kowé kepeksamatur ing ngarsané imam yèn kowéklèru. Srana mengkono kowé mungnjalari paukumané Allah waé, mulaPanjenengané bakal ngrusak pegawéanétanganmu.7 (5-6) Senajan kowé kerep ngimpilan akèh penggawé tanpa guna singkoklakoni, sarta tembung muspra singkokucapaké, nanging saprekara singprelu: kowé wedia marang Allah.8 (5-7) Aja gumun menawa kowé weruhpangwasa nindhes wong miskin lanngrebut wewenangé ana ing pengadilan.Saben pegawé kuwi diayomi déning singmbawahaké, lan loro-loroné diayomidéning penggedhé sing luwih dhuwurmenèh pangkaté.9 (5-8) Senajan raja pisan kuwi uripégumantung saka asilé panèn.10 (5-9) Sing sapa karem dhuwit orabakal marem karo enggoné golèk

apunagi: ujar, kaul.

Page 461: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

PENGKHOTBAH 5.11–16 15

dhuwit. Sing sapa karem bandhaora bakal ketutugan apa sing dadipepénginané atiné. Kuwi iya tanpa guna.11 (5-10) Yèn kasugihanmu tambah, iyatambah cacahé wong sing ngentèkaké.Kowé olèh hasil apa kejaba enggonmudisebut wong sugih.12 (5-11) Wong glidhig kuwi akèhasethithika sing dipangan, enggoné turukepénak, nanging wong sugih ora bisaturu merga barang-darbèké akèh lanakèh sing dikuwatiraké.13 (5-12) Ana prekara nyedhihakésing daksipati ing donya kéné, yakuwiwong sing numpuk bandha, nangingnyebabaké cilakané dhéwé.14 (5-13) Wong mau ngalami kapitunannganti bandhané entèk gusis, temah oraana kekarèné sing diwarisaké maranganak-anaké.15 (5-14) Kaya nalika metu sakawetengé ibuné, iya mengkono enggonébakal lunga kalawan wuda, padha waékaro lairé, sarta ora olèh apa-apa sakakangèlané sing bakal diwarisaké.16 (5-15) Kuwi rak ya tanpa guna langawé gelaning ati, déné enggon kitaninggal donya iki ora nggawa apa-apa,

Page 462: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

PENGKHOTBAH 5.17–6.2 16

padha karo dhèk kita teka. Saka hasilékangèlan kita, kita ora bisa nggawaapa-apa. Kuwi rak ya padha karo mburuangin.17 (5-16) Sajegé urip kita padha ana ingpepeteng, nandhang kasusahan, atinékebak sumelang karo jèngkèl.18 (5-17) Aku banjur duwé panemumengkéné: sing becik kanggonémanungsa yakuwi mangan lan ngombésarta nikmati asilé kangèlané sajronéisih kaparingan urip sing mung cendhakiki. Kuwi wis dadi pandumané.19 (5-18) Menawa Gusti Allahparing kasugihan lan bandha akèh,sarta marengaké kita ngrasakakékanikmatané peparing mau, kita wajibpadha saos panuwun lan bungah dénébisa ngrasakaké hasiling kangèlan kita.Kuwi ganjaran peparingé Allah.20 (5-19) Sarèhné diparingi urip nampakabegjan, wong mengkono mau oraprelu sumelang bab dawa lan cendhakingumuré.

61Aku nitèni yèn ing donya kéné akèhlelakon sing ora adil.

2Kayata: ana wong sing kaparingankasugihan lan kaurmatan, nganti ora

Page 463: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

PENGKHOTBAH 6.3–7 17

kekurangan apa sing dadi kasenenganéatiné, éwadéné Allah ora marengakéwong kuwi nganggo barang-darbèkémau, nanging wong liya sing nganggo.Kuwi rak tanpa guna lan gawé perihingati.3Saupama ana wong sing duwé anaksatus lan kaparingan umur dawa banget,nanging yèn wong mau ora ngrasakakékanikmatané urip lan nalika matiné oradikubur nganggo upacara, aku ngaranibayi sing metu kluron luwih kepénakketimbang wong mau,4 sebab bayi sing lair kluron mau ilangsajroning pepeteng, banjur dilalèkaké.5Bayi mau durung tau weruhpadhanging raina, lan durung ngerti uripkuwi apa. Nanging loro-loroné wis olèhpengasoan,6dadi luwih kepénak ketimbangkaro wong sing ora tau ngrasakakékanikmatané urip mau, senajan dhèwèkéumuré nyandhak rong èwu taun. Bayising metu kluron lan wong tuwa mauwekasané papan sing diparani padha.7Manungsa enggoné nyambut-gawékalawan ngrekasa rak merga golèk

Page 464: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

PENGKHOTBAH 6.8–7.1 18

pangan, mangka pepénginané mau oraketutugan.8Wong wicaksana apa luwih kepénakketimbang karo wong gemblung? Lanapa gunané wong mlarat ngerti maknanéurip?9Kuwi kabèh rak tanpa guna, padhakaro mburu angin. Luwih becik nikmatibarang sing wis diduwèni, ketimbangnganti-anti barang sing durung karuwanditampa.10Samubarang sing kelakon kuwi wislawas enggoné katetepaké, lan kitangerti yèn ora ana gunané padu karowong sing luwih gedhé pangwasané.11Saya nemen enggonmu prekaransaya tanpa guna, mangka wekasanékowé ora olèh apa-apa.12Sapa sing ngerti apa sing becikdhéwé kanggo manungsa sajroning uripésing cendhak lan tanpa guna iki? Uripsing mung kaya ayang-ayangan liwat?Sapa sing weruh apa sing bakal kelakonsapungkuré?

71 Jeneng sing kesuwur becik, kuwiajiné ngungkuli lenga wangi sing

larang regané. Lan dina matiné wong

Page 465: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

PENGKHOTBAH 7.2–10 19

kuwi luwih becik ketimbang karo dinalairé.2Layat ing panggonané wong mati kuwiluwih becik ketimbang nekani pésta,sebab wong urip rak selawasé ngélingakéawaké dhéwé yèn mbésuk bakal mati.3Becik prihatin ketimbang gumuyu.Pancèn raimu katon sedhih, nangingbudimu olèh pangertèn.4Wong tanpa budi kuwi sing dipikirmung bab kasenengan, wong wicaksanasing dipikir bab ajalé.5Pilih ngrungokaké pamelèhé wongwicaksana, ketimbang dialem déningwong tanpa budi.6Guyuné wong tanpa pikiran kuwi kayakumrètèké eri sing kobong, sing ora anapaédahé babar-pisan.7Wong wicaksana sing nindhespepadhané dadi tanpa budi; nyogokngrusak budiné wong.8Wekasané prekara luwih becikketimbang karo wiwitané. Sabar sarèhluwih becik ketimbang gemunggung.9Aja cepak nepsu; wong tanpa pikirankuwi senengé ngendhem nepsu.10Aja muni, "Kaanané jaman biyènluwih becik ketimbang karo saiki."

Page 466: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

PENGKHOTBAH 7.11–17 20

Pangucap sing mengkono kuwi nélakakéyèn kowé dudu wong pinter.11Wong urip ing donya kudu wicaksana;nduwèni kawicaksanan mono beciképadha kaya nampani warisan,12merga kawicaksanan kuwi awèhpengayoman, ora béda karo kasugihan.Kawicaksanan ngreksa uripé wong kuwidhéwé.13Nitènana pakaryané Allah, apa anawong sing bisa nglencengaké barangsing dititahaké béngkong déning Allah?14 Ing mangsané ngalami kabegjan,bungah utawa nandhang karubedan,élinga yèn kabegjan lan karubedan kuwisekaroné Allah kang nitahaké. Kowé orangerti apa sing bakal kelakon ing tembé.15Akèh prekara sing daktitèni sajroninguripku sing tanpa guna iki. Kayata: Anawong mursid sing mati ndhisik, mangkaana wong ala sing lestari urip.16Mulané aja kemursiden lan ajakeminter, sebab srana mengkono kowégawé susahé awakmu dhéwé.17Aja keladuk durakamu lan ajakebangeten enggonmu tanpa budi.Sekaroné njalari kowé mati sadurungéwektuné.

Page 467: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

PENGKHOTBAH 7.18–25 2118Mulané loro-loroné singkirana.Cekaké pangibadah marang Allah kuwidalaning kabegjan.19Kawicaksanan mono paédahé kanggosing duwé, luwih gedhé ketimbang karopangwasa sepuluh sing mréntah negara.20 Ing donya kéné ora ana wong siji-sijiasing mung gawé becik waé, lan ora taugawé dosa.21Aja ngopèni omongané saben wong,supaya aja nganti krungu menawadipujèkaké ala déning baturmu,22mangka kowé mesthi rumangsa yènkowé dhéwé kerep nyatur alané wongliya.23Kabèh kuwi wis daktliti kanthikawicaksanan. Aku pancèn kepénginbanget dadi wong wicaksana, nangingdurung tau kelakon.24Sapa sing ngerti maknaning urip?Tumraping kita kuwi prekara sing jerobanget, kejeron menawa arep dijajagi.25Aku mantep arep ngudi golèkkawicaksanan lan wangsulan tumrapingpitakonan-pitakonan sing ana ingatiku, semono uga kepéngin ngerti apasatemené piala lan apa sing diaranigemblung.

Page 468: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

PENGKHOTBAH 7.26–8.1 2226Aku banjur nemu prekara sing paiténgluwihi pati, yakuwi wong wadonsérong. Katresnan sing dilairaké marangkowé kuwi jebulé kala-jiret utawa jaring,lan lengen sing dienggo ngrangkulkowé kuwi jebul ranté. Wong mursiddioncataké déning Allah, nanging wongdosa bakal kecandhak ing jaringé wongwadon mau.27Pituturé Juru Khotbah mengkéné:Sajroné ngentèni wangsulané prekaramau aku saka sethithik nimbang-nimbang sekabèhé,28 supaya olèh kekenthelaning rembug,nanging meksa ora olèh. Ing antaranéwong sèwu aku mung nemu wong lanangsiji sing pinunjul, nanging aku durungnemu wong wadon siji waé sing kayangono.29Nanging prekara siji iki sing daktemu,yakuwi mengkéné: Manungsa katitahakéjujur lan lugu, nanging manungsa dhéwégawé pokal pirang-pirang.

81Mung wong wicaksana ngertimaknaning prekara sing satemené.

Kawicaksanan njalari ulaté sing petengdadi sumèh.

Page 469: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

PENGKHOTBAH 8.2–9 232Ngèstokna dhawuhé Sang Prabu,merga kowé wis sumpah ing ngarsanéAllah. Aja kesusu nglairaké punagi anaing ngarsané Allah.3Sang Prabu bisa nindakaké apa waésakersané, mulané aja cedhak-cedhakkaro panjenengané. Ngedoha sakapanggonan sing mbebayani mau.4Sang Prabu tumindak nganggopangwasa; lan ora ana wong singwenang mbantah!5Yèn kowé ngèstokaké dhawuhé,kowé bakal slamet; lan wong wicaksanangerti wektuné lan carané tumindakmengkono.6Samubarang kabèh kuwi anamangsané lan ana carané sing cocog,nanging kita kerep ora ngerti!7Kita ora ngerti apa sing bakal kelakon,lan ora ana wong siji-sijia sing bisa awèhweruh marang kita.8Ora ana wong sing bisa nyegah tekanépati utawa nganyang dina ajalé. Kitaora bisa lolos saka prekara mau senajansrana patrap julig.9Bareng aku ngrasak-ngrasakakésakèhé lelakon ing donya iki, aku banjurnitèni yèn ing donya kéné ana wong

Page 470: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

PENGKHOTBAH 8.10–14 24

sawetara sing duwé pangwasa lansawetara wong menèh sing nandhangsengsara, merga panindhesé wong singduwé pangwasa mau.10Aku weruh ana wong ala singdipendhem lan ngaso ana ing kuburé,nanging wong mursid padha ditundhungsaka panggonan suci lan dilalèkakédéning wong-wong ing kuthané. Apasing mengkono kuwi ora tanpa guna?11Sarèhné piala ora énggal diukum,akèh wong sing banjur kepénginnindakaké piala.12Senajan gawé piala kaping satus,wong ala mau isih lestari urip.Éwasemono aku duwé keyakinanmengkéné: Sapa wong sing ngabektimarang Allah kalawan wedi asih mesthipadha nemu slamet.13Nanging wong duraka bakal oranemu keslametan. Uripé ora dawa,mung kaya ayang-ayangan liwat, mergaora ngèstokaké dhawuhing Allah. Jebulkeyakinanku mau ora cocog.14Delengen apa sing kelakon ana ingdonya. Kerep waé wong mursid ngalamingrekasa, lan wong duraka malah tampa

Page 471: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

PENGKHOTBAH 8.15–9.2 25

ganjaran sing mesthiné kanggo wongmursid. Apa kuwi ora tanpa guna?15Mulané aku saiki yakin yèn manungsakudu ngepénakaké uripé srana manganlan ngombé, sebab mung kuwi singkena dirasakaké minangka pikolèhépanyambut-gawéné sajroning urip singdadi peparingé Allah marang wong mauana ing donya.16Nalika aku kepéngin ngertikawicaksanan lan nyawang lelakon singana ing donya kéné, aku ngrumangsani,senajan daklakoni melèk rina lan wengi,17aku ora bakal ngerti pakaryané GustiAllah ana ing donya kéné. Kaya apawaé olèhmu mersudi, kowé ora bakalmudheng. Wong wicaksana bisa ugamuni bisa, nanging nyatané ora.

91Kabèh mau dakrasak-rasakakésajroning ati kalawan ngetog

kekuwatanku. Aku banjur ngerti yènGusti Allah nguningani tumindaké wongwicaksana, tekan carané enggonénresnani lan enggoné nyengiti pisan,ora ana wong sing ngerti apa sing bakalkelakon.2Nasib sing dialami wong becik lanwong ala, wong sing ngibadah lan sing

Page 472: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

PENGKHOTBAH 9.3–7 26

ora ngibadah, wong sing nyaosakékurban lan sing ora nyaosaké kurban,nyatané padha waé. Wong becik orangalami luwih becik ketimbang karowong dosa. Wong sing wani sumpahkaro sing ora,3kabèh ngalami nasib padha. Kayamengkono kaanané donya iki, lankuwi ora bener. Sajegé urip ing donyawong-wong mau atiné kebak piala lannélakaké bodhoné, wekasané padhamati.4Nanging saben wong mau padha duwépengarep-arep. Asu sing urip nasibéluwih becik ketimbang karo singa singmati.5Wong urip ngerti yèn bakal mati,nanging wong mati wis ora ngertiapa-apa. Iya wis ora olèh pandumanmenèh, sebab wis ora katut kepétung.6Katresnané lan sengité apa dénédrengkiné iya wis padha lebur kabèh.Lan wis ora mèlu-mèlu ing urusané wongsing isih urip.7Mulané terusna enggonmu mangankalawan bungah, ngombéa anggurkalawan senenging ati. Mengkono singdadi keparengé Allah.

Page 473: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

PENGKHOTBAH 9.8–12 278Padha bungaha lan seneng-senenga.9Uripa mukti karo bojo kekasihmu,sajroné kowé diparingi urip sing tanpaguna iki déning Allah. Nikmatanadina-dina sing tanpa guna mau, sebabkuwi pikolèhé kangèlanmu ana ing donyakéné.10Sakèhé pegawéanmu lakonana singtemenan, sebab mbésuk kowé bakalmati lan ing donyané wong mati kowéwis ora bisa nyambut-gawé menèh,wis ora prelu mikir apa-apa, ora butuhkawruh lan kawicaksanan, mangkamrono kuwi paranmu.11Aku iya weruh kaanan ing donya singmengkéné: ing donya kéné ora mesthiwong sing banter playuné kuwi singmenang balapan, lan ora mesthi wongsing kendel kuwi sing menang perangé.Wong wicaksana ora mesthi duwépegawéan, wong pinter ora mesthi dadisugih, lan wong sing nyambut-gawénéapik ora mesthi olèh pangkat dhuwur.Saben wong bisa ngalami nasib sial.12Mung kowé ora ngerti kapan tekanénasib sial mau. Kaya manuk singujug-ujug kena ing jaring, utawa iwaksing mlebu ing jala, kaya mengkono uga

Page 474: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

PENGKHOTBAH 9.13–17 28

kita ujug-ujug ngalami nasib sial, ingwektu sing ora kita nyana-nyana.13Aku iya weruh conto sing apikbab penganggepé wong ing donya ikitumraping kawicaksanan.14Ana kutha cilik sing dienggoni wongmung sethithik. Kutha mau dilurugiperang déning sawijining raja singgedhé pangwasané. Kutha mau banjurdikepung, arep diserbu srana nggempurbètèngé.15 Ing kutha kono ana wong miskin,sing wicaksana lan pinter banget. Wongmau satemené bisa nylametaké kuthakuwi, nanging ora ana sing duwé pikiransemono.16Aku selawasé kandha yènkawicaksanan kuwi luwih becikketimbang karo karosan, nanging oraana wong sing duwé penganggep yènwong miskin mau iya bisa kadunungankawicaksanan, lan ora ana wong singnggatèkaké marang tembungé wongmiskin.17Luwih becik ngrungokaké tembungsarèh saka wong wicaksana, ketimbangkaro tembungé penggedhé gemblungsing sora.

Page 475: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

PENGKHOTBAH 9.18–10.6 2918Kawicaksanan luwih gedhé paédahéketimbang karo gegaman, nangingwong ala siji bisa ngrusak pirang-pirangprekara sing becik.

101Bathang laler siji bisa ndadèkakélenga wangi sabotol bacin,

mengkono uga tindak tanpa budi singkatoné sepélé bisa gawé kawicaksananluhur dadi tanpa guna.2Wis lumrah yèn wong wicaksanatumindak bener, lan wong tanpa pikirantumindak salah.3Senajan wong sing ora kenal pisan,yèn kepethuk ana ing dalan ngerti, sebabwong tanpa pikiran mau nyritakakétumindaké sing bodho marang anggerwong.4Yèn kowé didukani penggedhé, ajabanjur njaluk metu, merga kaluputansing gedhé pisan bisa diapura anggerkowé tetep sarèh.5 Ing donya kéné akèh panindhes singditindakaké déning para penggedhé.6Wong tanpa budi diwènèhi pangkatlan pangwasa, nanging wong budi luhurdikiwakaké.

Page 476: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

PENGKHOTBAH 10.7–14 307Aku nyipati batur sing padhanunggang jaran, lan wong luhur singpadha mlaku kaya batur.8Sing sapa gawé jugangan bakalkecemplung dhéwé, sing sapa mbabahtémbok, dicokot ula.9Sing sapa ngedhuk watu, tanganélara kena watu; sing sapa nyigar kayu,tangané kesusupen.10Yèn wadungmu kethul, kudu kokasah;yèn ora, panyambut-gawému saya abot.Mulané wong pinter ngrancang dhisiksadurungé nandangi pegawéan.11Kawruh nelukaké ula kuwi ora anagawéné yèn ulané wis nyokot dhisik.12Apa sing diucapaké déning wongwicaksana kuwi njalari dadi kajèn,nanging wong tanpa budi ngrusakjenengé merga tembungé dhéwé.13Wong mau miwiti nglairaké tembungsing ngawur lan mungkasi sranaomongan sing tanpa teges lan nyilakani.14Wong tanpa pikiran olèhé crita oralèrèn-lèrèn. Ora ana wong sing weruhapa sing bakal kelakon, lan ora anawong sing bisa kandha apa sing bakalkedadéan sawisé kita mati.

Page 477: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

PENGKHOTBAH 10.15–11.2 3115Wong tanpa budi ora ngerti dalanémulih menyang omahé, lan pituwasékangèlané kuwi mung kesel thok.16Negara bakal cilaka yèn sing dadi ratuisih bocah, mangka para penggedhénénegara gawéné mung padha péstasewengi muput.17Nanging begja negara sing duwé rajawicaksana lan bisa gawé putusan dhéwé,sarta para penggedhéné padha manganlan ngombé sapreluné, ora padha ngantimendem.18Wong sing saka kesèdé ora gelemndandani payoné sing trocoh, wekasanéomah mau bakal ambruk.19Pésta gawé bungahing ati kita lananggur nglejaraké ati, nanging sekaronéngentèkaké dhuwit.20Aja ngrasani ala marang Sang Prabuutawa para penggedhé liyané, sebabbisa uga ana wong sing krungu, banjurnglapuraké rasanan ala mau.

111Dhuwitmu tanjakna kanggodedagangan ing manca negara,

supaya ing tembé olèh bathi akèh.2Dhuwitmu tanjakna kanggo miwitinindakaké pangudi werna-werna, sebab

Page 478: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

PENGKHOTBAH 11.3–8 32

kowé ora ngerti apa sing bakal kelakonana ing donya kéné.3Wit bisa rubuh mrana utawa mréné,nanging sing mesthi nggluntung anaing panggonan rubuhé. Yèn mendhungngemu banyu, mesthi ing bumi bakaludan deres.4Sing sapa ngentèni angin utawamangsa sing cocog, mesthi ora bakalsida nyebar, mula ora bakal ngundhuhapa-apa.5Kaya upamané kowé ora ngerti lakunéangin, utawa ora ngerti dadiné uripanyar ana ing wetengan, mengkono ugakowé ora ngerti pakaryané Allah kangnitahaké samubarang.6Wijimu sebaren ing wayah ésuk laning wayah soré, merga kowé ora ngertiapa wiji mau bakal thukul kabèh utawasebaran sing siji luwih becik ketimbangkaro sebaran sing sijiné.7Becik yèn bisa nikmati padhangingraina sing mbungahaké.8Saosa panuwun ing ngatasé sabentaun sing ditambahaké ing umurmu.Pira dawané umurmu kowé ora ngerti,nanging sing mesthi pati sing bakal kita

Page 479: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

PENGKHOTBAH 11.9–12.3 33

alami kuwi luwih suwé, mangka ana ingkana ora ana sing kita arep-arep.9Hé wong nom, nikmatana enggonmudadi wong nom. Bungaha sajroné kowéisih nom. Turutana kekarepanmu, lanapa pepénginané atimu lakonana.Anggeré kowé tansah éling yèn Allahbakal ngadili kowé ing bab sedhéngahprekara sing koktindakaké.10Buwangen samubarang sing gawésedhihing atimu lan singkirna apa singbisa njalari kowé nandhang lara. Sebabenggonmu dadi wong nom kuwi orasuwé.

121Sajroné dadi wong nom élingamarang kang nitahaké kowé,

sadurungé ketekan dina sial lan taun-taun sing njalari kowé muni, "Aku wegahurip."2Yakuwi samasa padhangé srengéngé,rembulan lan lintang-lintang dadiremeng-remeng kanggoné kowé, lanudané ora terang-terang.3 Ing mangsa kuwi tangan singkokenggo ngreksa awakmu bakalbuyuten, lan sikilmu sing saiki rosa bakaldadi ringkih. Untumu bakal mung karisawetara, mula ora bisa kanggo mamah

Page 480: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

PENGKHOTBAH 12.4–9 34

panganmu, sarta mripatmu wis ora awaskanggo ndeleng.4Kupingmu bakal dadi budheg, ngantiora krungu raméné swara sing ana ingdalan. Kowé bakal mèh ora krunguswarané wong nutu, utawa swaranétetabuhan, malah swarané manuksing padha ngocèh ora bakal mbribènienggonmu turu.5Kowé bakal awang-awangen munggahing panggonan sing dhuwur, lan lakumubakal sempoyongan. Rambutmu bakalputih mabluk, lan lakumu bakal karorambatan. Kowé bakal ora duwépepénginan apa-apa menèh. Kowé bakaldigawa menyang papan pengasoanmusing pungkasan, lan sedalan-dalanditangisi.6Ranténé slaka bakal pedhot, lampunékencana bakal tiba ambyar, lan kendhinéwadhah banyu bakal remuk.7Awak kita bakal bali dadi lebuningbumi sarta roh kita bakal bali marangAllah kang maringaké marang kita.8Tanpa guna, samubarang kabèh kuwitanpa guna.9Sarèhné Juru Khotbah kuwi wongwicaksana, mulané ora lèrèn-lèrèn

Page 481: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

PENGKHOTBAH 12.10–13 35

mulangaké kawruhé marang bangsané.Panjenengané nyinau bebasan-bebasanpirang-pirang, ditliti kalawan jujur benerlan orané.10 Juru Khotbah ngudi nemokakétembung-tembung sing kepénakdirungokaké, lan apa sing bener, banjurditulis kanthi jujur.11Bebasan anggitané wong wicaksanakuwi padhané teken lancip sing dienggopangon ngengon wedhusé. WulangBebasan sing diklumpukaké kuwi awètlan jero nancepé ing ati kaya pantèk singkukuh enggoné dianjingaké. Bebasansing mengkono mau peparingé Allah,kang jumeneng Pangoning manungsakabèh.12Kejaba kuwi hé anakku, singwaspada! Nganggit buku kuwi ora anaentèké, lan sinau akèh kuwi ngeselakéawak.13Ringkesé apa sing kokrungu kabèhmau mung saprekara, yakuwi: Ngabektiamarang Allah lan lakonana dhawuhé,sebab kuwi maksudé enggonmudititahaké.

Page 482: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

PENGKHOTBAH 12.14 3614Gusti Allah bakal ngadili sakèhépenggawé kita, iya sing becik utawa singala, malah sing samar pisan.

Page 483: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

Kidung Agung

11Kidung sing éndah dhéwé,anggitané Suléman. Pengantèn

wadon:2Kawula kacucupa mawi lathiPanjenengan; sih-katresnanPanjenengan menika ngungkulinikmating anggur!3Ganda Panjenengan arum sanget;asma Panjenengan menika kadoslisah jebad ingkang kaesokaken, milapara prawan sami kasmaran dhatengPanjenengan.4Kawula mugi Panjenengan tuntun,énggal-énggal ndhèrèk Panjenengan!Sang Raja, kawula kaajaka mlebet ingkamar Panjenengan. Kita sesarenganbadhé bingah-bingah, ngraosakennikmating sih-sinihan! Mboten maibenmenawi tiyang èstri sami asih dhatengPanjenengan.5Hé para putri ing Yérusalèm, irengkulitku, nanging ayu rupaku. Irengkukaya kémah-kémah sing ana ing ara-ara

Page 484: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

KIDUNG AGUNG 1.6–9 2

samun Kédar, nanging ayuku kayagordhèn ing kratoné Suléman.6Aku aja kokrèmèhaké merga kulitku,sing gosong déning panasing srengéngé.Kakang-kakangku padha nepsu karoaku, banjur akon aku nyambut-gawé ingkebon angguré, nganti aku ora koberngrumat kebon anggurku dhéwé.7Dhuh gantilaning nyawa kawula,pepanthaning ménda Panjenengan badhéPanjenengan giring dhateng pundi?Wonten pundi enggèn Panjenenganngersakaken para ménda sami ngéyubing wanci tengangé?a Supados kawulamboten prelu mrika-mriki madosiPanjenengan ing antawisipun parapangèn. Pengantèn lanang:8Hé wong wadon sing ayu dhéwé, apakowé weruh panggonanku? Nglacakatapaké para wedhus; cempému ngonenana ing kono, sacedhaké kémahé parapangon.9Hé kekasihku, aku sumlengerenndeleng ayuné rupamu, kaya jaranwadon sing gawé birainé jaran-jaranlanang sing narik kréta titihané Firaun.

atengangé: tengah hari (bhs. Ind.).

Page 485: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

KIDUNG AGUNG 1.10–2.1 310Éndah pipimu diapit-apit déningsumping, mengkono uga gulumu singdihias ing kalung.11Mengko kowé dakgawèkaké hiasansaka emas, nganggo kekembanganslaka. Pengantèn wadon:12Sasuwéné Sang Raja lenggah ingpesaréané, ganda arum saka narwastukungebaki kamar.13Samasa kekasihku semèlèh ingpangkonku, gandané kaya blendok mur.14Kekasihku mau kaya kembangpacar sedhompol, sing lagi mekar ingkebon-kebon anggur Èn-Gedi. Pengantènlanang:15Hé kekasihku, ayu temen kowé kuwi,cahyané mripatmu kaya mripaté manukdara. Pengantèn wadon:16Dhuh kekasih kawula, èstunggantheng Panjenengan menika; sasatrumput ijem ingkang minangka balékita.17Kajeng sédar minangka cagak, lankajeng cemara minangka gebyogipungriya kawula.

21Kawula namung presasat sekaralasan ing Saron. Sekar bakung ing

lebak paredèn. Pengantèn lanang:

Page 486: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

KIDUNG AGUNG 2.2–9 42Kaya kembang ing antarané eri, yamengkono kekasihku ing antarané parawong wadon. Pengantèn wadon:3Kaya wit apel ing antarané wit-witaning alas, ya mengkono kekasihku yènkatandhing karo para priya. Aku senengngéyub ing ngisoré, lan legining rasanédadi pekaremanku.4Aku diajak menyang gedhong pésta,lan sih-katresnané tansah dakrasakaké.5Kekuwatanku bali menèh mergamangan kismis, lan awakku pulih segermangan apel, merga awakku maunélemes déning kasmaran.6Sirahku disangga nganggo astanékiwa, astané tengen ngelus-elus aku.7Hé para putri ing Yérusalèm. Kowépadha janjia dadia kidang utawamenjangan, ora arep ngganggu aku singlagi kasmaran. Pengantèn wadon:8Aku krungu swarané kekasihku,rawuhé presasat nglumpati gunung-gunung, nrabas metu punthuk-punthukenggoné marani aku.9Kekasihku kaya kidang, kayamenjangan lanang sing isih nom.Panjenengané jumeneng ing sisihé

Page 487: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

KIDUNG AGUNG 2.10–16 5

témbok, banjur ngungak ing jendhéla,mirsani liwat sela-selaning ruji.10Kekasihku banjur ngandika.Pengantèn lanang: Mrénéa kekasihku,lungguha ing kéné karo aku!11Mangsa bedhidhing wis liwat, udanéwis terang.12 Ing pedésan kembang-kembangwis mekar, saiki mangsané menyanyi;pambekuré manuk dara keprungu ingara-ara.13Wohé wit ara wis wiwit padhamateng, gandané kembang wit anggursumebar ing endi-endi. Mrénéa wongayu, kekasihku, mrénéa karo aku.14Kowé kaya dara sing ndhelik ing sela-selané gunung karang. Aku dakndelengayuné rupamu, lan ngrungokakéswaramu sing ngresepaké.15Ayo padha dicekel asu wawarb singngrusak kebon anggur kita, sing saikilagi kembang. Pengantèn wadon:16Kekasihku kuwi duwèkku dhéwé,lan aku kagungané kekasihku, kangnunggoni wedhusé ana ing ara-arabakung,

basu wawar: namanipun segawon wana (asuajag).

Page 488: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

KIDUNG AGUNG 2.17–3.6 617nganti tekané angin wayah ésuk,lan pepeteng sumilak. Kekasihkubanjur kondur, tindaké kaya playunékidang, kaya menjangan lanang singmlumpat-mlumpat ing pegunungan.

31Saben bengi samasa aku turu, akungimpékaké kekasihku! Dakgoléki

ing endi-endi, nanging ora ketemu.2Aku ngubengi kutha, metu dalanlan lurung-lurung, nanging ora bisakepethuk.3Aku ketemu karo wong jaga singngubengi kutha, banjur daktakoni apaweruh kekasihku.4Sawisé mungkur saka kana, orasuwé kekasihku ketemu; Panjenenganédakcandhak lan ora dakculaké, dakgawamenyang omahé ibuku, omah kelairanku.5Hé para putri ing Yérusalèm, kowépadha janjia dadia kidang utawamenjangan, ora arep ngganggu aku singlagi kasmaran ing sakatogé. Pengantènwadon:6Apa sing metu saka ara-ara samun,sing rupané kaya kemeluné kukus,ngganda arum kaya menyan blendokmur, sing diedol déning para sudagar?

Page 489: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

KIDUNG AGUNG 3.7–4.2 77Suléman rawuh, lenggah ing tandhu,diapit-apit prejurit sewidak, para perwirapilihan ing Israèl8kabèh padha trampil migunakaképedhang, lantèh ing perang. Pedhangédisengkelit ing lempèngé, siaga ngadhepiserangan ing wayah bengi.9Tandhuné Sang Prabu Sulémankagawé saka kayu, sing asalé sakaLibanon.10Cagaké dilapis slaka, kursinédilapis emas murni, bantalé diulesilaken wungu, gawéané putri-putri ingYérusalèm.11Hé putri-putri Sion, mrénéa ndelengSang Prabu Suléman. Panjenenganéngagem makutha kang diagemakédéning kang ibu, nalika Sang Prabukrama, iya ing nalikané ngalamikabungahan gedhé.

41Pengantèn lanang: Iba ayumu, hékekasihku! Mripatmu sumunar ing

sangisoring krudhungmu kaya mripatémanuk dara. Rambutmu ngombak kayalakuné wedhus gèmbèl sing temurunsaka pegunungan ing Giléad.2Untumu putih kaya putihé wedhusgèmbèl sing mentas dicukur lan diedusi.

Page 490: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

KIDUNG AGUNG 4.3–10 8

Kabèh padha meteng kembar, ora anasing gabug.3Lambému kaya pita abang,nengsemaké banget yèn kowé guneman.Pipimu sing ndurèn sajuring sumringah,ana ing sangisoring krudhungmu.4Gulumu kaya menarané Dawud,bunder lan alus, dicanthèli tamèng sèwumubeng.5Payudaramu kaya anak kidang kembarsing padha nyenggut ana ing tengahingkembang bakung.6Aku arep menyang gunungpanggonané mur lan kemenyan,lan ana ing kana nganti tekané anginsubuh sarta petengé bengi ilang.7Hé kekasihku, iba ayuné rupamu,éndah temen awakmu sekojur.8Ayo padha medhun saka Libanon, hépacanganku, ayo mèlu aku medhun sakapucaké Gunung Amana, saka GunungSendir lan Gunung Hèrmon, panggonanépara singa lan macan tutul.9Hé kekasihku, pacanganku, akukédanan karo kedhèping mripatmu, lankaro kalung sing kokenggo ing gulumu.10Hé kekasihku lan pacanganku,katresnanmu gawé bungahing atiku.

Page 491: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

KIDUNG AGUNG 4.11–16 9

Katresnanmu ngungkuli nikmaté anggur,gandamu arumé ngungkuli wewangènkabèh.11Kekasihku, lambému ngungkulilegining madu, ilatmu presasat pohanlan madu tumraping aku. Sandhanganmugandané ngungkuli sakèhé wewangènsing ana ing Libanon.12Dhuh adhikku, pacanganku, kowékuwi upamané kaya petamanan singkopèn, kaya belik sing disengker.13Tanduran werna-werna padha tuwuhkanthi subur, wit delima metokaké wohsing énak rasané. Kembang pacar lannarwastu,14kembang narèd, karkom, dlingolan manis-jangan, lan wit rupa-rupasing metokaké menyan lan blendokmur, sarta garu, apa déné sarupanéwewangèn kang adi.15Kowé kuwi presasat sendhang ingtaman, tuking banyu urip, kali kangbanter iliné, gemrojog saka Libanon.Pengantèn wadon:16Hé angin saka Lor, tangia, héangin saka Kidul, midida, tamankusilirana karebèn amrik gandané. Supaya

Page 492: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

KIDUNG AGUNG 5.1–5 10

kekasihku mlebu ing taman kagungané,lan dhahar wowohan sing dikersakaké.

51Pengantèn lanang: Adhikku,kekasihku, aku mlebu ing tamanku,

aku nglumpukaké wewangèn lan blendokmur; aku mangan madu lan tala, akungombé anggur lan powan. Pengantènwadon: Mangga kadhahara lan kaunjuka,kekasih ingkang kasmaran, ngantosmendema katresnan. Pengantèn wadon:2Aku teturon, nanging atiku melèk,sajroning ngimpi aku krungu kekasihkuthothok-thothok lawang, pangandikané:Pengantèn lanang: "Hé adhikku,kekasihku, dara ingon-ingonku, akuwenganana. Sirahku klebus ebun,lan rambutku teles déning pedhut."Pengantèn wadon:3 "Kawula sampun cucul rasukan,menapa kedah dandan malih? Kawulasampun wisuh suku, menapa kedahkawula damel reged malih?"4Kekasihku ndemèk cekelanélawang, mula atiku trataban barengPanjenengané cedhak.5Aku banjur tangi arep ngengakakélawang, rumangsaku tanganku glumutblendok mur. Bareng ndemèk pentholing

Page 493: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

KIDUNG AGUNG 5.6–10 11

lawang drijiku teles merga déning lengamur.6Lawangé dakbukak arep nglebokakékekasihku, jebul Panjenengané wis oraana. Panjenengané wis tindak. Kayapecata nyawaku saka kepéngin ngrungupangandikané. Panjenengané dakgolèki,nanging ora ketemu, dakundang,nanging ora mangsuli. Kaya semaput-semaputa aku bareng Panjenenganéngical.7Aku kepethuk karo wong jaga kutha;aku digebugi nganti babak-belur, lankemulku direbut.8Hé putri ing Yérusalèm, kowé janjiamarang aku, samasa ketemu karokekasihku, matura yèn aku nandhanglara brangta. Para wong wadon ingYérusalèm:9Hé wong sing ayu dhéwé, kekasihmukuwi kacèké apa karo wong-wongliyané? Sing kinacèk kuwi apané, dénéaku kokkon janji mengkono? Pengantènwadon:10Kekasihku bagus lan rosa; munjuliwong saleksa.

Page 494: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

KIDUNG AGUNG 5.11–6.2 1211Pasuryané abang sumringah lan alus;rémané ngombak banyu, ireng kayawuluné gagak.12Tingalé élok kaya manuk dara singmabur ing sandhuwuré kali; dara singadus powan, ngadeg ing pinggiring kali.13Pipiné kaya tamanan, kebaktetuwuhan sing wangi. Lathiné kayakembang bakung, teles déning lengamur.14Astané élok, ngagem sesupé akiksing adi. Srirané kaya gadhing lemes,sing ditrètès akik safir.15Sampéyané kaya watu marmer ingumpak emas, dedegé kaya gunung ingLibanon, agung lan pinunjul kaya witèrès.16Tutuké manis yèn dicucup, sekabèhésing ana Panjenengané nengsemakéaku. Kaya mengkono mau kekasihku, héputri-putri ing Yérusalèm.

61Para wong wadon ing Yérusalèm:Hé wong sing ayu dhéwé, menyang

endi ta parané kekasihmu? Kandhaa,lakuné menyang ngendi, supaya akubisa mèlu nggolèki? Pengantèn wadon:2Kekasihku tindak menyangpetamanané, panggonané wit-witan sing

Page 495: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

KIDUNG AGUNG 6.3–9 13

metokaké blendok mur. Panjenenganéangèn wedhus-wedhusé, karo methikikembang bakung.3Kekasihku kuwi duwèkku, lan aku ikikagungané; Panjenengané angèn anaing tengahé kembang-kembang bakung.Pengantèn lanang:4Kekasihku, ayumu kaya kuthaYérusalèm, nengsemaké kaya kuthaTirza, nggumunaké kaya kutha gedhéloro mau.5Mripatmu aja ngawasaké aku, sebabaku kepéncut banget. Rambutmungombak banyu, kaya pepanthanwedhus gèmbèl medhun saka GunungGiléad.6Untumu putihé kaya pepanthaningwedhus gèmbèl sing mentas diguyang.Kabèh padha meteng kembar, ora anasing gabug.7Pipimu sing ndurèn sajuring sumringahana ing sangisoring krudhungmu.8Karebèn Sang Prabu kagunganpramèswari sewidak, selir wolung puluh,lan prawan tanpa pétungan!9Nanging sing dakkasihi mung siji, lankuwi ayuné kaya manuk dara. Wongkuwi anak ontang-antingé ibuné, anak

Page 496: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

KIDUNG AGUNG 6.10–7.1 14

sing ditresnani banget. Saben wongwadon kepéngin ndeleng lan ngalem,para pramèswari lan para selir kabèhpadha ngalem!10Sapa ta wong sing mripatémencorong kaya wayah byar, éndahkaya rembulan, kencar-kencar kayasrengéngé?11Aku mau medhun ndeleng kebonkukenari, lan tanduran-tanduran sing anaing lebak, sarta wit-wit anggur sing lagipadha ngetokaké pupus, mengkono ugawit dlima sing kembangé lagi padhamekar.12Aku gemeter, aku gemeter mergakasmaran karo kowé, rumangsakukaya-kaya aku nunggang kréta sing arepmaju perang. Para putri ing Yérusalèm:13Njogèd-njogèda putri Sulam. Ayopadha ndeleng jogèdané putri Sulam.Pengantèn wadon: Yagéné kowé padhaseneng ndeleng putri Sulam njogèd?Yèn aku njogèd, jogèdanku kuwi jogèdperang!

71Pengantèn lanang: Ora ana wongsing ayuné kaya kowé! Iba éndahé

sikilmu nganggo sandhal kuwi. Cethikmuéloké kaya gawéané ahli ukir.

Page 497: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

KIDUNG AGUNG 7.2–9 152Pusermu kaya tuwung anggur singora tau asat, wetengmu kaya gandumkatumpuk kaubengan ing kembangbakung.3Payudaramu kaya kidang kembar,kaya menjangan kembar jèjèr.4Gulumu kaya menara gadhing,mripatmu kaya telaga ing Hèsbon, ingsacedhaké gapura Bètrabim. Irungmukaya menara ing Gunung Libanon, kangmadhep ing kutha Damsyik.5Sirahmu kaya Gunung Karmèl,rambutmu rupané abang semu wungu,Sang Raja nganti kasmaran mergaklabangané rambutmu.6Hé kekasihku! Iba bangeté éndahmulan iba enggonmu ngresepaké, ngungkulisabarang sing ngresepaké.7Dedegmu kaya wit kurma,payudaramu kaya dhompolan anggur.8Dakpènèké wit kurma kuwi, dakcekelédhompolané anggur. Nuli dhompolanmau dakpethik lan dakrasakaké, ababmuarum kaya gandané woh apel,9 lan tutukmu kaya anggur murni.Pengantèn wadon: Anggur menikakajengipun tansah mili dhateng kekasih

Page 498: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

KIDUNG AGUNG 7.10–8.1 16

kawula, milia dhateng lathi lan wajanipuntiyang ingkang saweg tilem.10Aku iki kagungané kekasihku;Panjenengané kepéncut karo aku.11Sumangga sang kekasih, kita samimedal lan sami saré ing pedhusunan.12Énjing umun-umun lajeng mirsanikebon anggur, menapa sampun samimedal pupusipun, menapa sampun samimekar sekaripun; menapa wit dlimaugi sampun sami sekar ngrembaka.Ing ngrika mangké kawula badhéngunjukaken katresnan kawula dhatengPanjenengan.13Sekar dhudhaim amrik gandanipun,tuwin ing sanginggiling kori kawulawonten wowohan ingkang adi-adi,ingkang taksih énggal, ingkang lamiinggih wonten. Kawula rawati sedayawau kagem Panjenengan, kekasihkawula!

81Begja kawula, menawi Panjenenganmenika sedhèrèk kawula, ingkang

kasesepan déning ibu kawula. Supadosmenawi kepanggih wonten ing margilajeng kawula cucupi, lan mboten wonteningkang badhé menggak kawula.

Page 499: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

KIDUNG AGUNG 8.2–6 172Lajeng Panjenengan badhé kawulaaturi tindak dhateng griya kawula,supados saged muruki kawula babkatresnan. Panjenengan lajeng badhékawula saosi unjukan anggur adonan,sarta duduhipun woh dlima.3Asta kiwa Panjenengan lajeng badhényanggi sirah kawula, sarta asta tengenPanjenengan ngrangkul kawula.4Hé para putri ing Yérusalèm, padhajanjia yèn ora arep ngganggu enggonkusih-sinihan. Para putri ing Yérusalèm:5Sapa kuwi sing jumedhul sakaara-ara samun, rangkul-rangkulankaro kekasihé? Pengantèn wadon:Ing sangandhaping wit apel menikakawula nggigah katresnan Panjenengan,inggih wonten ing ngriku Panjenengankalairaken.6Penggalih Panjenengan katutuparapet kanggé tiyang sanès, namungakawula piyambak kadadosna kekasihPanjenengan. Déné katresnan menikarosa kados pangwaosipun pejah,kasmaran pangrèhipun kados pecatingnyawa. Ngalad-alad kados urubing latu,latu ingkang medal saking Pangéran,

Page 500: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

KIDUNG AGUNG 8.7–12 187 ingkang mboten saged kasirep déningtoya; toyaning kali pisan mboten badhésaged nyegah. Katresnan mbotensaged dipun tumbas; senajan wontentiyang ingkang badhé numbas mawibarang-darbèkipun sedaya, malah tiyangmau namung badhé dipun poyoki.Sedulur-seduluré lanang pengantènwadon:8Kita padha duwé sedulur wadon isihcilik, durung metu susuné; samasadilamar ing wong, kepriyé enggon kitaarep mbélani?9Saupama bocah kuwi témbok, prayogakita yasani menara, saupama lawang,kita pageri gebyog kayu èrès. Pengantènwadon:10Aku iki témbok, lan susuku padhamèmper menara. Kekasihku pirsa yènkaro Panjenengané atiku tentrem.Pengantèn lanang:11Sang Prabu Suléman kagungankebon anggur ana ing kutha BaalHamon. Pametuné diséwakaké marangpara wong tani, wong siji mbayar sèwusèkel dhuwit slaka.12Aku duwé kebon anggur dhéwé, singdakkwasani dhéwé. Karebèn Suléman

Page 501: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

KIDUNG AGUNG 8.13–14 19

nampa sèwu sèkel lan para wong taninampa opah rong atus sèkel, aku pilihngrumat kebonku dhéwé. Pengantènlanang lan wadon padha sesauran:13Hé kekasihku kang ana ing kebonku,kanca-kanca kepéngin krungu swaramu,semono uga aku!14Kula aturi énggal tindak mriki,kekasih kawula, kula aturi rerikatankados lampahipun kidang, inggih kadosmenjangan ingkang mlumpat-mlumpating paredèn, ingkang kebak tanemanwangi-wangi.

Page 502: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

Yesaya

11Kitab iki isi wahyu sing diwedharakédéning Allah marang Nabi Yésaya bin

Amos, kanggo Yéhuda lan Yérusalèm,nalika Uzia, Yotam, Ahas lan Hizkiajumeneng raja ing Yérusalèm.2Pangéran ngandika, "Hé langitlan bumi, rungokna pangandika-Ku!Bocah-bocah sing Dakrumati padhabrontak nglawan Aku.3Sapi wanuh karo bendarané, lankuldi nitèni karo pamakanané nangingumat-Ku Israèl ora ngerti apa-apa."4Cilaka kowé bangsa sing kebak dosa,sing bobrok lan ala! Dosa-dosamuwis nasaraké kowé. Kowé nampik lannyingkur marang Gusti Allah KangMahasuci, sing wajib koksembah.5Yagéné kowé madoni? Yagéné kowékudu diajar menèh sing luwih nemen?Sirahmu wis kebak borok, lan atimu wisrusak babar-pisan.6Wiwit saka tlapakan tekan embun-embunan wis ora ana sing wutuh. Kabèhwis benjut, abuh lan kebak tatu anyar.

Page 503: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 1.7–11 2

Tatu-tatu kuwi durung nganti diresikilan diblebed. Malah iya ora ditambaninganggo lenga.7Tanahmu wis dadi sepi; kutha-kuthamu wis diobong nganti ludhes.Lemahmu dijarah-rayah déning bangsaliya kowé weruh dhéwé, padhadiobrak-abrik kabèh.8Mung kari Yérusalèm thok, tur kuwiwaé wis dikepung déning mungsuh lanora bisa apa-apa, presasat gubug ingkebon anggur utawa ing tegalan timun.9Saupama Gusti Allah ora ngèngèhsethithik, wis mesthi kita padha kayaSodom lan Gomora.10Hé Yérusalèm, para penggedhé lanrakyatmu wis dadi kaya Sodom lanGomora. Rungokna pangandikané Allahmarang kowé; padha gatèkna piwulangéAllah kita.11Pangandikané Allah, "Aparumangsamu Aku seneng karokurban sing saben dina koksaosakémarang Aku? Aku bosen karo kurbanobongan wedhus gèmbèl lan gajihépedhètmu. Aku ora sudi getihé sapi lanwedhus bérok.

Page 504: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 1.12–17 312Sapa sing akon kowé nggawasesaosan kuwi samasa kowé séba anaing ngarsa-Ku? Sapa sing akon kowéwira-wiri ing Pedaleman-Ku?13Tanpa guna enggonmu nggawasesaosanmu. Aku ora sudi ngambukutugé menyanmu. Aku jijik mirsanikraméanmu Sasi Anyar, dina-dinaSabbat lan dina-dina gedhé sartaenggonmu nglumpuk masamuwan.Kabèh mau wis dadi najis merga sakadosa-dosamu, mulané Dakgethingi; Akukesel ngrasakaké kuwi mau kabèh.14 (1:13)15Samasa kowé ndedonga karongegaraké tanganmu, Aku bakalmléngos. Ora preduli sepiraakèhé pandongamu. Aku ora bakalmiyarsakaké, merga tanganmu mau wiskokenggo matèni wong akèh.16Padha wisuha, padha resikana; padhamaria nglakoni piala,17 sarta padha sinaua nindakakékabecikan; njejegna pengadilan,mitulungana wong sing disiya-siya,awèha adil marang bocah lola, bélanenprekarané randha."

Page 505: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 1.18–24 418Gusti Allah ngandika, "Ayo, prekaraiki kita bèrèsaké. Senajan dosamuabanga kaya jingga, bakal padha dadiputih kaya salju. Senajan abanga kayagluga, bakal padha putih kaya kapas.19Yèn kowé padha mbangun-turutlan nglakoni dhawuh-Ku, kowé bakalpadha mangan samubarang sing becikpametuné tanah kéné.20Nanging yèn kowé padha mbalélanglawan Aku, kowé mesthi bakal mati.Aku, Pangéran, sing ngandika."21Kutha sing biyèn setya, saiki kayasundel!a Biyèn rakyaté jujur-jujur,nanging saiki padha seneng gawé pati.22Yérusalèm, biyèn kowé kaya slaka,nanging saiki asor, ora ana regané. Biyènkowé kaya anggur sing mirasa, saikirasané mung kaya banyu tawa.23Para penggedhému kuwi mbangkanglan kancané maling; padha dhemendibeseli lan gampang diiming-imingi.Padha ora mbélani bocah lola ana ingpengadilan, lan randha sing ngajokaképrekarané ora dipaèlu.24Mulané Pangéran, Allahé Israèl KangMahakwasa ngandika mengkéné, "Hé

asundel: pelacur (bhs. Ind.).

Page 506: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 1.25–31 5

sakèhé mungsuh-Ku, Aku bakal nibakaképemales marang kowé kabèh, supayakowé ora gawé susah-Ku menèh.25Kowé bakal Daklawan, kaya caranéwong ngresiki slaka, mengkono bakalenggon-Ku ngresiki kowé. Sakèhéreregedmu bakal Dakresiki.26Aku bakal ngangkat penggedhé-penggedhé anyar sarta penaséhat kayadhèk jaman biyèn, mula Yérusalèmbakal kasebut kuthaning keadilan lankasetyan."27Allah kuwi adil, mulané bakalnylametaké kutha Yérusalèm lan rakyatékabèh bakal padha mratobat.28Nanging wong kabèh sing nglakonidosa lan mbangkang marangPanjenengané bakal ditumpes,lan sakèhé wong sing nyingkurPanjenengané bakal disirnakaké.29Kowé bakal getun, déné wistau nyembah wit-witan lan milihtaman-taman kanggo nyembah brahala.30Kowé bakal alum kaya wit gedhé singmati, kaya kebon sing ora dileb banyu.31Kaya damèn kobong déning genisapletik, mengkono uga para penggedhé

Page 507: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 2.1–4 6

bakal katumpes merga saka penggawénédhéwé, mangka ora ana sing bisa nyirep.

21Pangandikané Gusti Allah marangYésaya bin Amos kanggo Yéhuda lan

Yérusalèm,2 Ing jaman wekasan bakal kelakon,gunung panggonan Pedalemané Allahbakal mumbul, ngungkuli gunung-gunung dhuwur liyané. Bangsapirang-pirang bakal padha kemrubutmara mrana,3 lan kabèh bakal muni mengkéné, "Ayopadha munggah menyang gunungé Allahkita. Ana ing kana kita bakal diwulangapa waé sing kudu kita lakoni. Kitabakal ngambah dalan sing ditedahaké,sebab angger-anggeré Allah kuwi asalésaka Yérusalèm, lan iya saka konoPanjenengané ngandika marang umaté."4Panjenengané bakal ngadili prekaranébangsa-bangsa, sing padha prekaran lanndhawahaké putusané. Mulané pedhang-pedhang digemblèng kadadèkakékajènb sarta tumbak-tumbaké digawéarit. Bangsa-bangsa bakal padha oraperang menèh, lan ora ana sing latihanperang-perangan.

bkajèn: landheping luku.

Page 508: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 2.5–10 75Hé anak-turuné Yakub kabèh, ayopadha mlaku ing pepadhang peparingéAllah marang kita.6Dhuh Allah, sampun ta nilar umatPaduka, turunipun Yakub! Awit ingpundi-pundi, ing negari menika tiyangsami dados juru tenung kados tiyangFilistéa lan tiyang-tiyang bangsawétanan.7Rakyat sami niru adat tata-caranipunbangsa sanès. Tanah ngriki kebak slaka,tuwin raja-brana tanpa wicalan. Kapallan krétanipun kathah sanget,8mekaten ugi tanah ngriki kebakbrahala. Tiyang-tiyangipun saminyembah reca damelanipun piyambak.9Srana pendamel mekaten drajatipunmanungsa dipun asoraken lan dadosnistha. Tiyang-tiyang kados mekatenmugi sampun Paduka apunten.10Tiyang-tiyang menika badhé samimlebet ing guwa-guwa ing paredèn,utawi damel pandhelikan ing salebetingsiti, supados oncat saking muladingpaukuman lan pangwaosing kamulyanPaduka.

Page 509: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 2.11–19 811Bakal tekan wektuné wongangkuh diasoraké, wong gemedhédidhingklukaké.12 (2:11)13Wit cemara sing dhuwur-dhuwur ingLibanon lan sakèhé wit-witan gedhé ingBasan bakal dirubuhaké.14Gunung-gunung lan punthuk-punthuksing dhuwur bakal diratakaké.15Menara-menara sing dhuwurlan témbok-témboké bètèng bakaldijugrugaké.16Prau sing gedhé-gedhé lan éndahbakal dikèremaké.17Wong gemunggung bakal diasoraké,lan wong gemedhé digawé temungkul.Brahala-brahala kabèh bakal sirnasaka bumi. Ing dina kuwi mung Allahpiyambak kang bakal kaluhuraké.18 (2:17)19Samasa Gusti Allah ngoregakébumi, wong-wong bakal padha mlebuguwa-guwa ing pegunungan karangutawa ndhudhuk pandhelikan ing lemah,supaya oncat saka paukumané Allahlan pangwasané sing ngédab-édabi. Ingdina kuwi manungsa bakal mbuwang

Page 510: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 2.20–3.6 9

brahalané pérak lan emas kanggo tikuslan lawa.20 (2:19)21 (2:19)22Mulané kowé aja padha ngendelakémarang manungsa sing ngalami mati,sebab apané ta sing pantes diajèni?

31Saiki Pangéran Kang Mahakwasabakal mundhut saka kutha Yérusalèm

lan Yéhuda, samubarang sing dibutuhakérakyat kanggo uripé, dadia pangan utawaombèn-ombèn. Semono uga wong kabèhsing diendelaké,2kayata para perwira, para prejurit,para hakim, para nabi, para dhukun,para penggedhéné negara,3para sénapati, para pengarepémasarakat, para ahli politik lan paratukang sihir.4Allah bakal ngangkat wong nom singdurung diwasa dadi pemimpiné rakyat.5Saben wong bakal ngarah ngurikic

pepadhané. Wong nom bakalngrèmèhaké wong tuwa, lan wongcilik bakal ngrèmèhaké penggedhé.6Bakal tekan wektuné wong milihsanak-seduluré nganggo dikandhani

cnguriki: ngakali.

Page 511: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 3.7–12 10

mengkéné, "Mung kowé dhéwé sing isihduwé sandhangan pantes, mulané kowéwaé sing dadi pemimpin kita ing jamanngrekasa iki."7Nanging wong mau bakal mangsuli,"Aja aku, sebab aku iya ora duwé panganlan sandhangan. Aku aja kokkon dadipemimpiné rakyat, sebab aku ora bisanulungi kowé."8Pancèn, Yérusalèm nampa paukuman.Yérusalèm wis ambruk. Merga sakèhétembung lan penggawéné madoni Allahlan nyewiyah Panjenengané.9Ulaté bangsa kuwi nélakaké atiné singala. Enggoné nglakoni dosa blak-blakankaya wong Sodom biyèn. Cilaka wong-wong mau! Sebab bakal padha diukummerga saka penggawéné dhéwé.10Pangandikané Allah mengkéné,"Kandhaa karo wong mursid, yèn bakalnampa kabegjan, merga bakal manganpametuné pegawéané.11Nanging cilaka wong sing duraka,sebab bakal nampa paukuman murwatkaro penggawé sing ditandukaké marangwong liya.12Umat-Ku bakal disiya-siya déningbocah-bocah lan dierèh déning wong

Page 512: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 3.13–19 11

wadon. Umat-Ku bakal disasarakédéning para penggedhéné nganti oraweruh dalan sing kudu padha diambah."13Gusti Allah bakal nggugat lan ngadilibangsa-bangsa.14Panjenengané bakal ngadili parapenggedhéné umat kagungané. Wong-wong mau bakal didakwa mengkéné,"Kowé wis njarah-rayah asilé kebonanggur, lan omahmu kebak barang sakaenggonmu ngrampas wong miskin.15Généya padha meres wong miskin?Aku, Allah Kang Mahakwasa singngandika."16Pangandikané Gusti Allah, "Delengen,iba gemunggungé para wanitaYérusalèm kuwi! Padha angkuh, kemayulan mripaté plirak-plirik. Lakuné digawé-gawé, supaya gelang kroncong sing anaing sikilé kemrincing.17Nanging wong-wong mau bakalDakukum; sirahé bakal kebak borok,nganti bakal gundhul."18Bakal tekan wektuné Allah mundhutsaka para wanita mau samubarang singdiegung-egungaké, rerenggané sirah,gelang kroncong, kalung,19gelang tangan, krudhung,

Page 513: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 3.20–4.1 1220 rimong, jimat-jimat sing ana inglengen lan ana ing lempèngé,21ali-ali ing driji lan irungé,22 sandhangané pésta sing élok-élok,rok mantol, dhompèt,23klambi tipis, klambi léna, sléndhanglan krudhungé dawa.24Gandané arum bakal malih dadibacin. Bentingéd sing alus bakaldiganti tali tampar kasar. Sirahé singketel rambuté bakal dadi gundhul.Sandhangané sing apik-apik bakaldilironi bagor. Ayuné bakal malih dadiala.25Wong-wongé lanang sing rosa-rosabakal mati ing peprangan.26Wong-wong bakal padha nangis lansesambat ana ing gapuraning kuthanangisi sing padha mati, lan kutha kuwidhéwé bakal kaya wong wadon singdiwudani, ndhéprok ana ing lemah.

41 Ing dina kuwi wong wadon pitubakal nyekel wong lanang siji lan

muni, "Kowé ngakua bojoku, supaya akuora wirang merga ora kawin. Pangan lansandhang dakgolèk dhéwé."

dBenting: Bangsané sabuk (setagèn).

Page 514: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 4.2–5.1 132Bakal ana wektuné Gusti Allahndadèkaké tanduran lan wit-witan dadigedhé lan éndah ing negara iki. Ing dinakuwi wong Israèl bakal bungah-bungahlan mongkog atiné merga panèné metu.3 Ing kono saben wong sing isih kariing Yérusalèm, yakuwi wong-wong singkapilih lan kapitulungan déning Allah,bakal disebut suci.4Srana pangwasané Pangéran bakalngadili lan mbucal kanisthané umaté.Wong-wong ing Yérusalèm dosané bakaldilebur, senajan dosa matèni wongdianggep ora salah.5Nuli Pangéran bakal nekakaké mégaing wayah awan, sarta tugu kukussing murub ing wayah bengi, mayungiGunung Sion lan sakèhé wong sing padhanglumpuk ana ing kana. Kamulyané Allahbakal mayungi lan ngayomi sakuthakabèh.6Kamulyané Allah piyambak kang bakalngéyubi kutha, mula ing wayah awanora kena panasé srengéngé. Kutha maubakal dadi pangungsèn sing tentrem ingmangsa udan lan prahara.

51Rungokna, aku arep ngidung,ngidungaké kebon angguré mitraku.

Page 515: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 5.2–6 14

Mitraku duwé kebon anggur ana ingpèrènging gunung sing lemahé loh.2Lemahé dipaculi, watu-watunédisingkiraké, banjur ditanduri bibitanggur sing becik, lan digawèkakémenara penjagan. Wong mau iya gawéjugangan kanggo mipit angguré; sawisémengkono banjur ngentèni nganti wohéanggur mateng, jebul angguré kecutkabèh.3Mitraku banjur kandha, "Saiki kowéwong sing padha manggon ing Yérusalèmlan Yéhuda kabèh, padha dakdadèkakéhakim, dakkon mutusi prekara-Ku karokebon anggur-Ku.4Kurang apa enggon-Ku ngrumatkebon anggur-Ku? Nanging yagénéwohé kokkecut, ora legi kaya singDakkarepaké?5Saiki beciké kebon anggur mauDakkapakaké? Mengkéné: Pager kawatsing ngubengi kebon iki arep Dakbubrah,témboké Dakrubuhaké, supaya kéwangalak padha bisa mlebu lan ngidak-idaktandurané.6Bakal Daktogaké waé, lemahé orabakal Dakpaculi, lan wité anggurora Dakresiki, karebèn kebak eri lan

Page 516: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 5.7–10 15

rerungkudan. Malah mendhung bakalDakpenging nibakaké udan ana ingkono."7Satemené umat Israèl kuwi kebonangguré Allah Kang Mahakwasa, lanwong Yéhuda kuwi anggur sing ditanduring kono. Gusti Allah ngantos-antospametuné, yakuwi kabecikan, nanginganané jebul mung pepati. Sing Dianti-anti kabeneran, nanging sing anamung sambaté wong sing padha njalukkeadilan.8Cilaka kowé, wong sing nukoniomah-omah lan pakebonan kokenggonambahi kasugihanmu. Wong liya bakalwis ora kepanduman lemah. Mung kowédhéwé sing ngenggoni sanegara kabèh.9Aku krungu Pangéran ngandikamengkéné, "Omah sing gedhé-gedhé lanapik-apik kuwi bakal suwung, ora anasing ngenggoni.10Panèné bakal wurung. Kebon anggursing jembaré sepuluh hèktar bakal mungmetokaké banyu anggur sepuluh liter.Winih gandum 100 taker bakal mungmetokaké 10 taker."

Page 517: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 5.11–18 1611Cilaka kowé sing wiwit tangi ésuktekan bengi gawéané mung ngombéminuman keras nganti mendem.12Enggonmu pésta nanggap kecapi,gambus, rebab, suling lan suguhananggur. Nanging kowé ora mreduli karodhawuhé Allah lan pendamelé marangkowé.13Mulané kowé bakal digiring daditawanan. Para penggedhému lan rakyatbakal padha mati kaliren lan kasatan.14Bebaya pati mangap amba arepnguntal para penggedhé ing Yérusalèmsarakyaté kabèh, sing senengané mungpadha foya-foya.15Wong kabèh bakal digawé wirang lanwong angkuh bakal diasoraké.16Nanging Pangéran Kang Mahakwasabakal ngetingalaké kaluhurané lannindakaké kabeneran. Panjenenganébakal ngetingalaké kasucèné lan ngadiliumat kagungané.17 Ing jejugrugané kutha mau cempélan wedhus gèmbèl bakal padhanyenggut suket lan ora kekuranganpangan.18Cilaka kowé, wong sing ora bisa mariolèhé gawé dosa.

Page 518: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 5.19–25 1719Kandhamu, "Pangéran, Allahé Israèl,bèn waé énggal-énggal nindakakérancangané, supaya kita ngerti apakersané."20Cilaka kowé, merga sing becikkokarani ala, sing ala kokarani becik.Peteng kokarani padhang lan paitkokarani legi.21Cilaka kowé, merga nganggepawakmu dhéwé pinter lan wicaksana.22Cilaka kowé, wong sing peng-penganngombé anggur. Kowé kendel yènngadoni anggur karo minuman keras!23Nanging kowé ora wani nampiksogokan kanggo ngluwari wong salah,lan wong ora salah kokalang-alangisupaya aja olèh keadilan.24Kowé nampik dhawuhé Pangéran,Kang Mahakwasa, Allahé Israèl. Mulanékaya déné damèn lan suket garingentèk tapis dimangsa ing geni, kayamengkono uga oyodmu bakal bosokkabèh, kembangmu dadi garing lan sirnakabur ing angin.25Gusti Allah duka marang umaté.Astané wis diagagaké kanggo nggebag.Gunung-gunung bakal gonjing, jisim-jisim bakal padha pating blasah ana ing

Page 519: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 5.26–6.2 18

dalan-dalan. Nanging paukumané Allahdurung sirep. Astané isih diagagaké.26Pangéran bakal nimbali bangsa sakatanah adoh. Bangsa mau disingsotisupaya teka saka pojok-pojoké bumi lantemenan bangsa mau teka, rikat, gelisbanget.27Bangsa mau trampil ing peranglan ora tau kesel nglurug perangterus-terusan.28Panahé landhep lan gendhéwané wisdipenthang. Tracaké jarané presasatwatu item, lan krétané rikaté kaya lésus.29Prejurité padha nggero kaya singasing nubruk pangané, banjur disèrèd,ora ana sing bisa ngrebut lan nguwalaké.30 Ing dina kuwi gemuruhing perangbakal keprungu ing satanah Israèl kabèhkaya jumeguring segara. Delengen,sanegara wis peteng kabèh, ing endi-endi ana karusakan. Pepadhang wismalih dadi peteng ndhedhet.

61Nalika ing taun sédané Sang RajaUzia, aku ndeleng Pangéran pinarak

ana ing dhamparé kang agung. Jubahénutupi sa-Pedalemané Allah kabèh.2Para malaékat Sérafim padha ngadegngubengi dhampar mau. Saben Sérafim

Page 520: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 6.3–8 19

swiwiné nenem. Loro kanggo nutupirainé, loro kanggo nutupi badan lan lorokanggo mabur.3Sérafim mau padha sesauran karonywara mengkéné, "Suci, suci, suci AllahKang Mahakwasa. Salumahé bumi kebakkaluhurané."4Saka seruning swarané, pondhasiningPedalemané Allah nganti horeg, lanpapan mau dadi kebak kukus.5Aku banjur kandha mengkéné, "Adhuhcilaka aku! Merga reged lambéku, sartaaku manggon ana ing tengahé bangsasing satembung-tembungé rusuh.Luwih cilaka menèh merga aku wisndeleng Sang Prabu, Pangéran KangMahakwasa!"6Banjur ana Sérafim siji sing maburmarani aku, ngasta mawa mengangah,olèhé mendhet ing mesbèh nganggosapit.7Mawa mau dinyonyokaké ing lambéku,karo ngandika, "Mawa iki wis nggepoklambému, dadi kaluputanmu wis ilanglan dosamu wis dilebur."8Aku banjur krungu Pangéran ngandika,"Sapa sing arep Dakutus? Sapa sing arepdadi utusan-Ku nggawa pawarta-Ku?"

Page 521: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 6.9–13 20

Aku banjur munjuk, "Sumangga, mugingutus kawula!"9Dhawuhé Pangéran, "Kowé marananabangsa iki lan kandhaa mengkéné, ‘Kowébakal tansah krungu, nanging ora ngerti.Kowé bakal tansah ndeleng, nanging oranggatèkaké.’"10Banjur ngendika menèh mengkéné,"Pikirané wong-wong kuwi gawénenbodho, lan kupingé gawénen budhegsarta mripaté gawénen wuta, supaya orabisa ndeleng utawa kupingé ora krungusarta pikirané ora ngerti, lan marani Akudadi lan warasé."11Aku munjuk, "Dhuh Allah, menikangantos pinten laminipun?" DhawuhéPangéran, "Nganti sakèhé kutha wispadha rusak lan kothong, sarta sakèhéomah wis ora ana sing ngenggoni,semono uga palemahan kabèh wis dadibera lan cengkar.12Wong-wongé bakal padhaDaktundhung lan tanah kono bakal dadisepi.13Yèn ing tanah kono isih ana kekarènésaprasepuluh, wong-wong mau iya bakalDaktumpes. Bangsa mau bakal kaya witgedhé sing sawisé ditegor mung kari

Page 522: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 7.1–4 21

tunggaké." (Tunggak mau dadi wiwitanéumaté Allah kang anyar.)

71Raja Ahas kuwi putrané Yotam,wayahé Uzia. Nalika Ahas dadi raja

ing Yéhuda, ana perang. Rézin, rajaing Siria, lan Pékah putrané Rémalya,raja ing Israèl, bebarengan nyerangYérusalèm, nanging ora bisa ngrebutkutha mau.2Bareng raja Yéhuda mireng yèntentara Siria, kanca sekuthoné rajaIsraèl, wis mlebu ing wilayah Israèl, rajaYéhuda lan rakyaté wedi banget, ngantigemeter kaya kemitiré wit-witan singkaterak angin.3Pangandikané Pangéran marangYésaya, "Anakmu Syear Yasyubgawanen, lungaa nemoni Raja Ahas.Kowé bakal ketemu karo wong mauana ing kalèn sing anjog ing blumbangsisih ndhuwur, panggonané tukangumbah-umbah padha nyambut-gawé.4Kandhaa karo Ahas, supaya ngati-ati,sing tatag waé, ora prelu kuwatir utawabingung. Nepsuné Raja Pékah lan RajaRézin sabalané kabèh kuwi mung tugelantumpere loro lan kari kebulé waé.

etumper: kajeng ingkang wonten mawanipun.

Page 523: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 7.5–11 225Siria lan raja Israèl kuwi padharukunan,6arep nyerang Yéhuda, supaya Yéhudawedi lan gelem dadi balané Israèl.Banjur arep ngangkat Tabeèl, putranéAhas, dadi raja.7Nanging Aku, Pangéran ngandika yènprekara kuwi ora bakal kelakon.8Sebabé mengkéné: Siria ora luwihrosa ketimbang karo Damsyik, kuthakrajané, lan Damsyik ora luwih rosaketimbang karo Raja Rézin. Lanmungguh Israèl, sajroné sewidak limataun bakal pecah lan ora madeg dadibangsa menèh.9 Israèl ora luwih rosa ketimbangSamaria, kutha krajané, lan Samaria oraluwih rosa ketimbang karo Raja Pékah.Menawa Ahas ora ngandel temenan karoAku, mesthi ora bakal lestari."10Gusti Allah banjur ngandika menèhmarang Ahas, dhawuhé,11 "Kowé nyuwuna pretandha marangPangéran Allahmu, apa pretandha sakadonyané wong mati ing ngisor, apapretandha saka swarga ing dhuwur."

Page 524: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 7.12–17 2312Unjuké Ahas, "Kawula mboten badhényuwun pretandha. Kawula mbotenpurun nyobi dhateng Pangéran."13Nabi Yésaya banjur matur, "Menawimekaten, dhuh tedhakipun Sang PrabuDawud, menapa dèrèng cekap enggènpanjenengan damel pegeling manahipunmanungsa, ngantos panjenengansamenika inggih damel pegelingpenggalihipun Allah?14Menawi mekaten, Gusti Allahpiyambak ingkang badhé paringpretandha dhateng panjenengan,mekaten: Badhé wonten prawanngandhut lan nglairaken anak jaler,ingkang kanamakaken Immanuèl.15Menawi laré menika sampun agenglan sampun saged mbédakaken awonlan saé, negari menika badhé ngalamikemakmuran.16Déné sadèrèngipun menika,negarinipun raja kekalih ingkangpanjenengan ajrihi menika badhé katilarsuwung.17Pangéran Allah badhé ndhatengakenraja Asyur. Panjenengan lan brayatpanjenengan, sarta rakyat badhéngalami dinten-dinten ingkang kebak

Page 525: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 7.18–22 24

kasisahan, awratipun ngungkulikasisahan ingkang sampun natépanjenengan alami wiwit pecahipunkraton Israèl lan Yéhuda.18 Ing wekdal menika Pangéran badhénimbali tiyang Mesir lan tiyang Asyur.Bangsa kekalih menika badhé samidhateng gegrombolan kados laler lantawon, neba ing jurang-jurang lan inggrowonganing séla-séla, tuwin ngrubungrerungkudan eri lan grumbulan rumput.19 (7:18)20Pangéran badhé ngagem raja Asyurkanggé nelukaken, ngasoraken lanngremuk bangsa Israèl. Caranipunkados tukang cukur, ingkang nyukursawernining rambut, ngantos dumugijénggotipun pisan.21 Ing dinten menika badhé kelampahansaupami wonten tiyang ingkang ngingahlembu setunggal kaliyan ménda kalih,22 susu pamedalipun kéwan-kéwaningahan wau badhé tirah kanggé nyekapikabetahanipun tiyang sebrayat, mergisaking sekedhikipun tiyang ingkangmanggèn ing ngriku. Saèstu, umating negari menika badhé ngraosakennikmatipun maben lan powan.

Page 526: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 7.23–8.4 2523Kebon-kebon anggur ingkangsaé-saé, ingkang kataneman wit anggursèwu pengaos sèwu sèkel slaka, namungbadhé kethukulan eri lan rerungkudan.24Tiyang mboten wantun mrika menawimboten mbekta panah lan gendhéwa.25Punthuk-punthuk ingkang limrahipundipun tanemi, badhé kebak eri lanrerungkudan, saha namung kasabadéning lembu lan ménda ingkang saminyenggut ing ngriku. Nanging tiyangmboten wonten ingkang purun mrika."

81Pangéran ngandika marang akumengkéné, "Kowé njupuka papan

tulis sing amba, banjur tulisana singgedhé-gedhé: ‘Énggal Ngrayah, Énggalolèh Jarahan.’2Golèka seksi loro sing temen, yakuwiImam Uria lan Zakharia bin Bèrékia."3Ora wetara suwé bojoku meteng.Bareng karo lairé bayi, Pangéranngandika karo aku mengkéné, "Bocahkuwi jenengna: ‘Énggal Ngrayah, Énggalolèh Rayahan.’4Sebab, sadurungé bocah mau bisangucap ‘Bapak’ lan ‘Ibu’, raja-brananéDamsyik lan jarahané Samaria bakaldiusung kabèh déning raja Asyur."

Page 527: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 8.5–11 265Gusti Allah ngandika menèh karo akumengkéné,6 "Bangsa iki ngrèmèhaké banyu Siloahsing iliné alon, lan wedi banget karo RajaRézin lan Raja Pékah.7Mulané Aku, Pangéran, bakalnekakaké raja Asyur lan tentarané kabèhsupaya padha nyerang Yéhuda. Tekanébakal kaya banjir bandhang sing lubèrsaka Bengawan Éfrat, nglangkahi gisiké,8banjur mlebu ngeleb Yéhuda, jeronésagulu lan ngeleb samubarang kabèh."Allah nunggil karo kita! Swiwiné digelarsajembaré negara kabèh kanggongayomi kita.9Hé bangsa-bangsa kabèh, padhangumpula lan wedia! Hé tanah-tanahsalumahé bumi, padha rungokna. Padhacecawisa perang lan padha girisa! Padhacecawisa kalawan geter!10Padha rembugana, nangingrembugmu bakal buyar. Padha gawéarancangan sakarepmu! Kabèh mau bakaltanpa guna, sebab Allah nunggil karokita.11Gusti Allah wis ngandika karo aku,supaya aku aja niru tingkah lakunébangsa kuwi. Pangandikané,

Page 528: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 8.12–19 2712 "Kowé aja pisan-pisan rerukunan karobangsa iki, lan aja wedi karo prekara-prekara sing diwedèni wong-wongkuwi.13Élinga, yèn Aku, Allahmu Mahakwasalan suci. Wedia marang Aku.14Sarèhné Aku Mahasuci, Aku dadiwatu sandhungan kanggoné wongYéhuda, Israèl lan Yérusalèm. Aku dadikala lan jaring tumraping wong-wongmau.15Akèh wong sing bakal kesandhunglan tiba, nganti remuk. Akèh sing bakalklebu ing jiret lan ora bisa uwal."16Kowé para muridku, padha reksanenlan padha tetepana wangsit singdiparingaké déning Allah marang aku.17Gusti Allah ngaling-alingi wedananéf

marang Israèl, nanging aku precaya lannganti-anti Panjenengané.18Aku lan anak-anakku peparingé Allahpadha didadèkaké pretandha lan sasmitaana ing Israèl déning Panjenengané,kang angedhaton ing Gunung Sion.19Nanging ana wong sing akon kowénjaluk pitulungan marang dhukun-dhukun, sing miterang marang rohé

fwedana: pasuryan.

Page 529: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 8.20–9.1 28

wong mati lan marang juru pétungan,sing padha migunakaké japa-mantra.Wong-wong kuwi padha muni, "Apaora prelu kita padha miterang marangdéwa-déwa kanggo kepentingané wongurip?"20Wangsulana mengkéné, "Padhangrasak-ngrasakna angger-anggerlan dhawuhé Allah! Aja ngrungokakétembungé dhukun, merga kuwi ora anapaédahé!"21Akèh wong kesrakat lan kalirenbakal padha nglembara ing tanahkéné. Wong-wong mau padha kurangmangan lan padha nepsu, mula padhangipat-ipati ratu lan Allahé. Senajantumenga ing langit22utawa temungkul ing bumi, orabakal padha weruh apa-apa kejabamung kasangsaran lan pepeteng sartakarupekan sing gawé seseking ati.Mangka iya mrono kuwi parané enggonépadha digiring.

91Nanging ora suwé menèh wong-wong kuwi bakal diluwari saka

kasangsaran mau. Tanahé taler Zébulonlan taler Naftali kuwi tau diasorakédéning Pangéran. Nanging mbésuk

Page 530: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 9.2–5 29

tanah-tanah mau kabèh, wiwit sakaSegara Tengah tekan sabrangé KaliYardèn, malah tekan Galiléa singdienggoni bangsa-bangsa liya, bakalolèh kaurmatan.2Bangsa sing manggon ing petenganpadha ndeleng pepadhang gedhé. Singpada ana ing petengé pati, padhangrasakaké padhangé awan.3 (9-2) Bangsa menika sampun Padukaparingi kabingahan ageng, dhuh Allah;inggih sampun Paduka paringi kabegjan,mila sami bingah-bingah margi sakingpendamel Paduka, kados tiyang ingkangsami bingah-bingah ing mangsa panèn,utawi ing wekdalipun sami ngedumjarahan.4 (9-3) Paduka sampun nyingkirakenpikulan awrat saking pundhakipun,saha pecut ingkang kanggé nyabetigegeripun. Paduka sampun ngawonakenbangsa-bangsa ingkang nindhes lanmeres umat Paduka, inggih kados nalikaPaduka nelukaken bala Midian kalarumiyin.5 (9-4) Sepatuning tentaranipunmengsah lan sedaya sandhangan

Page 531: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 9.6–10 30

ingkang gupak rah sami badhékasirnakaken ing latu.6 (9-5) Ana bayi miyos kaparingakémarang kita! Ana putra kakungkapasrahaké marang kita! Panjenenganébakal jumeneng ratu kita. Asmané bakalkasebut: "Kaélokan," "Juru Pirembag,""Allah Kang Kwasa," "Rama Langgeng,""Ratuning Tentrem Rahayu".7 (9-6) Pangwasané bakal saya gedhé.Kratoné selawasé bakal ngalamikatentreman. Panjenengané bakalnggentosi pepréntahané Dawud,leluhuré. Pepréntahané adhedhasarkabeneran lan keadilan, wiwit saikinganti selawasé. Pangéran AllahKang Mahakwasa adreng penggalihénindakaké kuwi mau kabèh.8 (9-7) Pangéran wis ndhawuhaképaukuman marang Israèl, turuné Yakub.9 (9-8) Sabangsa kabèh lan wong-wongsing padha manggon ing kutha Samariabakal weruh yèn sing nindakaké Allahpiyambak. Saiki padha gemedhé lanangkuh. Tembungé,10 (9-9) "Omah-omahé gedhong padharubuh, aku arep ngedegaké menèh oranganggo bata, nanging nganggo watu

Page 532: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 9.11–17 31

tatahan. Kayu sikmah wis entèk ditegori;kanggo gantiné aku arep nganggo kayucemara saka Libanon, sing luwih apik."11 (9-10) Pangéran wis ngosikaké atinémungsuh supaya nglawan Israèl.12 (9-11) Saka Wétan Israèl bakaldiserang déning bangsa Siria, lansaka Kulon déning bangsa Filistéa.Éwasemono Gusti Allah isih duka lantetep arep ngukum Israèl.13 (9-12) Sebab bangsa kuwi oramratobat marang Allah sing ngukum lanora nglakoni prenatané.14 (9-13) Mulané sajroné sedina Allahbakal ngukum para penggedhé lanrakyaté. Endhas lan buntuté bakaldikethok.15 (9-14) Endhasé yakuwi para pinituwasing diaji-aji, buntuté para nabi singmemulang piwulang nasar lan16 (9-15) para penggedhéné sing padhanasaraké rakyat sing dituntun.17 (9-16) Bangsa kuwi wis murtad lanmurang-tata. Kabèh tembungé gorohlan isiné mung piala. Mulané Pangéranbakal ora nguwalaké saka bebaya paranonomané. Bocah lola lan randhanépadha ora diwelasi. Senajan kabèh mau

Page 533: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 9.18–10.1 32

kelakon, éwasemono paukumané Allahdurung kèndel. Astané tetep diagagakékanggo ngukum.18 (9-17) Pialané bangsa Israèlmurub kaya geni sing ngobong eri lanrerungkudan, banjur nglagar pang-panging alas, nganti kukusé mumbulkumelun.19 (9-18) Paukumané Pangéran, AllahKang Mahakwasa sing ngobong tanahiki, lan wong-wongé kadadèkaké pakanégeni. Wong padha tegelan; sing siji orangéman karo sijiné.20 (9-19) Wong sanegara padhanggragas ngangah-angah, sembarangdipangan, nanging padha ora wareg-wareg. Anaké dhéwé padha dipangan!21 (9-20) Wong Manasyè lan wongÉfraim padha perang siji nglawan sijiné,banjur karo-karoné nglurugi perangwong Yéhuda. Senajan mengkono, Allahisih duka, paukumané durung kèndel lantetep arep ngukum.

101Cilaka kowé! Kowé padha gawéprenatan sing ora adil, kokenggo

nindhes rakyat. Srana mengkono kowéngrampas haké wong miskin, nganti

Page 534: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 10.2–7 33

padha ora olèh keadilan lan ngrampasbarang-darbèké randha lan bocah lola.2 (10:1)3Nanging kepriyé bakal polahmu,samasa Allah nekakaké pemales ingdina pengadilan? Kowé arep apa yènAllah nekakaké pemales sing tekanésaka tanah adoh. Kowé arep mlayungungsi menyang endi? Bandhamu arepkokdhelikaké ana ing ngendi?4Kowé bakal mati ing pepranganutawa digiring dadi tawanan. Senajanmengkono, bebenduné Allah durungkèndel lan astané isih diagagaké kanggongukum.5Pangandikané Pangéran, "AsyurDakdadèkaké gebug ing asta-Ku kanggonggebugi wong sing Dakukum.6Asyur Dakutus merangi umat-Ku singmurtad lan nekakaké paukuman-Ku.Asyur Dakdhawuhi ngrampog lanngrampas sarta ngiles-iles umat-Ku kayalebuné dalan."7Nanging kersané raja Asyur dhéwéora mengkono. Yakuwi arep migunakaképangwasané manut rancangané dhéwé.Karepé kenceng olèhé arep nyirnakakébangsa pirang-pirang.

Page 535: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 10.8–13 348Kandhané karo angkuh mengkéné,"Panglima-panglimaku rak raja kabèh.9Kutha-kutha Kalno, Karkhemis, Hamatlan Arpad kabèh arep daktelukaké. Iyakutha-kutha Samaria lan Damsyik.10Kraton-kraton sing padha nyembahbrahala sing pangwasané ngungkulibrahala-brahala sing disembah ingYérusalèm lan ing Samaria, kabèh maubakal daktelukaké.11Samaria lan sakèhé brahalané bakaldakremuk, mengkono uga sakèhébrahala sing padha disembah ingYérusalèm."12Nanging Pangéran ngandika, "Sawisérampung apa sing arep Daktindakakéana ing Gunung Sion lan ing Yérusalèm,raja Asyur bakal Dakukum merga sakagemedhéné lan angkuhé."13Raja Asyur mau ngendika mengkéné,"Kabèh mau bakal daktindakakénganggo kekuwatanku dhéwé. Akurosa, wicaksana lan trampil. Tapelwatesé para bangsa bakal dakilangi.Simpenané bakal dakrampas. Para rajalan penggedhéné bakal dakidak-idakkaya banthèng ngidak-idak lemah.

Page 536: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 10.14–18 3514Bangsa-bangsa ing jagad iki presasatsusuh manuk. Gampang waé barang-darbèké dakjupuk, kaya wong ngukupendhog saka susuh. Ora ana sing bakalngabruk utawa nothol utawa cemuwit."15Nanging Gusti Allah ngandika,"Wadung apa kena gemunggung anaing ngarepé sing madung? Graji apaluwih unggul ketimbang karo singmigunakaké? Rak dudu penthung singngangkat wong, nanging wong singngangkat penthung!"16Sarèhné Asyur wis gemunggung,Pangéran Allah Kang Mahakwasa bakalnekakaké lelara kanggo ngukum paraperwira sing padha lemu ginuk-ginuk,bakal padha ketekan lelara panas singora lèrèn-lèrèn ngobong awaké.17Allah kang mahasuci, pepadhangéIsraèl, bakal kaya geni mulad-mulad singsajroning sedina ngobong samubarangkabèh, dalah rerungkudan lan eribebondhotan pisan.18Alas-alas sing ketel lan palemahan-palemahan subur bakal kasirnakakénganti tapis, kaya carané wong singdisirnakaké déning pageblug.

Page 537: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 10.19–25 3619Kekarèné wit sing urip bakal mungsethithik, nganti kena diétung déningbocah cilik.20Bakal ana wektuné wong Israèl singoncat lan kauwalaké ora ngendelakémenèh marang para penggedhéné singmèh waé gawé sirnané saumat kabèh,nanging bakal padha pasrah marangPangéran, Allahé Israèl kang mahasuci.21Kekarèné Israèl sing mung sethithikcacahé, bakal mbangun-turut marangAllah Kang Mahakwasa.22Senajana umat Israèl saiki cacahékaya wedhiné segara, mung sethithiksing bakal mratobat. Dina panumpesankuwi wis cedhak, lan wis samesthinéumat iki katumpes.23Allah Kang Mahakwasa piyambak singbakal numpes; kuwi wis dadi putusanéAllah, lan ora kena diowahi.24Pangéran Kang Mahakwasa ngandikamarang umaté sing manggon ana ingSion, "Kowé aja wedi karo wong Asyur,senajan kowé ditindhes kaya caranéwong Mesir dhèk biyèn nindhes kowé.25Kowé bakal Dakukum mung sedhéla,nuli gentèn wong Asyur sing Daktumpes.

Page 538: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 10.26–32 3726Aku Allah Kang Mahakwasa, wong-wong mau bakal Dakpecut nganggocemethi, kaya enggon-Ku ngajar wongMidian ing Gunung watu Orèb. Asyurbakal Dakukum, kaya carané enggon-Kungukum Mesir.27 Ing kono Aku bakal ngluwari kowésaka Asyur, lan Asyur bakal ora ngerèhkowé menèh."28Tentarané Asyur wis ngrebut kuthaAi! Malah wis maju ngliwati Migron!Sanguné pangan lan liya-liyané ditinggalana ing Mikmas!29Banjur padha nyabrang lan nginepana ing Géba! Wong sing padha manggoning Rama wis gemeter kabèh. Wong singpadha manggon ing Gibéa, kuthané RajaSaul, wis padha ngungsi.30Hé wong sing padha manggon ingGalim, ing Laisa lan ing Anatot! Padhasing ngati-ati!31Wong sing manggon ing kuthaMadména lan ing Gébim padha mlayungungsi.32Dina iki mungsuh wis tekan kuthaNob, lan tata-tata nglumpukakékekuwatan kanggo nyerang Gunung Sionlan kutha Yérusalèm.

Page 539: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 10.33–11.3 3833Nanging Pangéran, Allah KangMahakwasa bakal ngrubuhaké wong-wong mau kaya pang sing disempalsaka wité. Ing antarané wong-wong singgedhé dhéwé pangkaté lan pangwasané,bakal dirubuhaké lan digawé wirang.34Pangéran bakal ngrubuhaké wongmau kaya wit ing alas sing ditegornganggo wadung. Senajan kekuwatanékaya wit sing gedhé dhéwé ing Libanon,meksa iya bakal padha rubuh!

111Tedhak-turuné Raja Dawud kuwikaya wit sing ditegor. Nanging

tunggaké metu sogolané,g mengkonouga saka tedhaké Dawud bakal ana singdadi raja.2Panjenengané bakal katedhakanRohé Pangéran, Rohé kawicaksanan lanpangertèn, mula merga déning Roh mauPanjenengané pinter gawé putusan,nuli ditindakaké, mengkono uga mergasaka Roh mau Panjenengané pirsa apasing dadi kersané Gusti Allah, banjurdièstokaké.3Ngèstokaké kersané Allah kuwi dadikasenengané. Enggoné ngadili ora mung

gsogolan: thukulan ing wit (tunas: bhs. Ind.).

Page 540: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 11.4–10 39

sakepénaké utawa manut kandhanéwong.4Prekarané wong cilik bakal diputusikalawan adil; wong kesrakat dibélanganti menang; wong sing salahdidhawuhi ngukum, lan wong aladitumpes.5Pepréntahané didhasari keadilan lanbebeneran.6Asu ajag bakal rukun karo cempé,lan macan tutul bakal njerum jèjèr karowedhus bérok. Pedhèt lan anak singabakal reruntungan, diengon déningbocah cilik.7Sapi lan bruwang bakal nyenggutsuket bebarengan, lan anak-anaképadha jèjèr njerum sapanggonan. Singalan sapi padha-padha mangan damèn.8Bocah cilik padha dolanan ula manditanpa wedi.9 Ing Sion, Gunungé Suci Allah, ora anasing gawé piala utawa sing gawé bilai.Wong sanegara bakal padha tepung karoGusti Allah, lan kawruhé bab Gusti Allahbakal sampurna.10 Ing wektu kuwi bakal kelakonbangsa-bangsa sing ora tepung karoGusti Allah padha nggolèki tedhaké Raja

Page 541: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 11.11–15 40

Dawud mau. Bakal padha nglumpuk anaing kutha krajan lan saos pakurmatanmarang Panjenengané.11Gusti Allah bakal sepisan menèhngagem pangwasané, ngulihakékekarèné umaté sing ana ing Asyur laning Mesir, ing tanah Patros, Sudan, Élam,ing Babil, ing Hamat lan ing pulo-puloing segara.12Pangéran bakal ngedegaké umbul-umbul minangka pretandha kanggo parabangsa, yèn Panjenengané nglumpukakébangsa Israèl lan bangsa Yéhuda singpadha pating slebar; bakal padhadiulihaké saka kéblat papat.13 Ing kono kraton Israèl bakal ora mèrimenèh karo Yéhuda, lan Yéhuda bakalora memungsuhan karo Israèl.14Karo-karoné bakal nyerang bangsaFilistin sing ana ing Kulon lan njarah-rayah bangsa-bangsa sing ana ingWétan. Tanahé bangsa Édom lan bangsaMoab bakal dienggoni, lan bangsa Amonbakal ditelukaké.15Pangéran bakal ndadèkaké TelukSuèz asat. Panjenengané bakal nekakakéangin panas sing ngasataké BengawanÉfrat, banjur didadèkaké kali pitu

Page 542: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 11.16–12.5 41

sing cethèk, nganti saben wong bisanyabrang.16Kekarèné wong Israèl sing isih anaing Asyur, bakal nemokaké dalan gedhékanggo metu saka Asyur, kaya nalikapara leluhuré metu saka tanah Mesir.

121Bakal tekan wektuné wong-wong padha menyanyi mengkéné,

"Dhuh Allah, kawula saos sokur dhatengPaduka margi Paduka ngukum kawula,nanging sakmenika sampun luwar.2Allah sing ngluwari aku; aku bakalkumandel lan ora kuwatir, merga Allahsing paring kekuwatan marang aku.Panjenengané kuwi pepujanku, lan tuképitulunganku.3Kaya banyu gawé segeré wongngorong, mengkono uga umatéAllah padha bungah-bungah samasadipitulungi déning Allah."4Bakal tekan wektuné wong padhamenyanyi, "Saosa puji sokur marangAllah, padha ndedongaa nyuwunpitulungané. Kaluhurané lan pakaryanéwartakna marang para bangsa.5Padha ngunjukna kekidungan marangAllah, merga Panjenengané nindakakékaélokan akèh. Karebèn wong salumahé

Page 543: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 12.6–13.4 42

bumi padha krungu bab pakaryané singélok.6Wong sing manggon ing Sion, padhasurak-suraka lan memujia kalawanbungah, merga Allahé Israèl kangmahaluhur lan suci dedalem ana ingtengahé umaté."

131Wangsité Gusti Allah singdiparingaké marang Yésaya bin

Amos bab kutha Babil mengkéné:2Manjera umbul-umbul perang anaing pucuk gunung sing gundhul! Paraprejurit padha bengokana: tanganmuacungna minangka tandha yèn kudupadha nyerbu kutha sing angkuh kuwi,karo njebol gapura-gapurané,3Gusti Allah wis nimbali prejurit-prejuritpilihan sing rosa-rosa, sing kendel lankena diendelaké kanggo nyerang lanngukum wong-wong sing diukum déningAllah.4Rungokna swara gemuruh ingpegunungan swarané wong akèh singpadha nglumpuk, gemederé bangsa-bangsa lan kraton-kraton sing padhandhapuk pepanthan-pepanthan. AllahKang Mahakwasa lagi mriksa barisansing siaga ing perang.

Page 544: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 13.5–11 435Asalé saka tanah-tanah adoh ing endi-endi, kanggo nyirnakaké salumahingbumi merga saka dukané.6Padha sesambata, merga dinanéPangéran wis cedhak. Ing dina kuwiPangéran bakal nekakaké karusakan.7Saben wong tangané tengen bakalapus lan ora duwé daya.8Wong kabèh bakal ketaman girislan kecandhak ing lara kaku saawaksekojur, ngolang-ngaling kaya wongwadon nglarani. Wong-wong mau padhapandeng-pandengan kanthi ati semplah,rainé abang mbranang merga kwirangan.9Lah, wis tekan dinané Pangéran. Ingdina kuwi Pangéran ngetingalaké dukanékaya geni sing mulad-mulad. Bumi bakaldidadèkaké karang abang, wongé aladilebur.10Lintang-lintang ing langit bakal oraana soroté. Srengéngé samasa mlethèkbakal dadi peteng, lan rembulan bakalora nyunaraké padhangé.11Pangandikané Pangéran, "Bumi bakalDaksiksa lan sakèhé wong ala bakalDakukum merga saka dosa-dosané.Wong gemedhé bakal Dakasoraké, wongangkuh lan ambek siya bakal Dakukum.

Page 545: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 13.12–18 4412Wong sing bisa oncat bakal mungsethithik cacahé, luwih langka lan larangregané ketimbang karo emas sing murni.13 Ing dina kuwi langit bakal gemeterlan bumi gonjang-ganjing merga sakapaukumané Pangéran, Allah KangMahakwasa.14Wong manca sing manggon ing Babilbakal énggal-énggal mlayu bali menyangnegarané dhéwé-dhéwé. Padha patingslebar kaya kidang sing keplayu ngoncatijuru bedhag, utawa kaya wedhus singditinggal pangoné.15Sapa waé sing kecandhak bakalditumbak nganti mati.16Wong-wong mau bakal weruhbayi-bayiné dibantingi, omah-omahé dirampog lan bojoné dirusakkaurmatané."17Pangandikané Pangéran, "WongMadai Dakojok-ojoki nyerang kuthaBabil. Wong kuwi ora gelem disuapnganggo slaka lan emas.18Para nonoman bakal padha dipatèninganggo panah lan gendhéwa. Wong-wong kuwi ora ngéman bayi utawabocah.

Page 546: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 13.19–14.1 4519 Ing antarané kraton-kraton kabèh.Babil sing éndah dhéwé, sing diegung-egungaké déning rakyaté. Nanging Aku,Pangéran, bakal numpes kutha Babilkaya carané enggon-Ku numpes Sodomlan Gomora.20Ora ana wong siji waé sing kliwatan.Ing kono bakal ora ana wong Arab singngedegaké kémahé lan ora ana pangonsing bakal angon wedhusé.21Mung kéwan alasan waé singbakal manggon ana ing kono. Manukbeluk bakal nusuh, semono ugamanuk unta bakal manggon ingkono. Wedhus-wedhus alasan bakalpadha jingkrak-jingkrak ing antaranéjejugrugan.22Asu ajag lan asu wawar bakal padhambaung ana ing menara-menara lan ingkedhaton-kedhaton Babil. Kraton kuwiwis nyedhaki dinaning sangsarané. Kenadiétung, kari pirang dina engkas."

141Pangéran bakal melasi marangIsraèl, umat kagungané, lan

dipilih menèh dadi kagungané. Bakalpadha diulihaké menyang negaranédhéwé. Wong manca bakal padha

Page 547: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 14.2–7 46

teka lan manggon ing kono menèhbebarengan karo umat mau.2Akèh bangsa sing bakal nulungiIsraèl supaya bali menyang negaranédhéwé, negara peparingé Pangéran. Ingkana bangsa-bangsa mau bakal padhangawula marang Israèl. Wong-wong singbiyèn mboyong Israèl, bakal gentènditawan lan sing biyèn nyia-nyia bakalgentèn ditindhes.3Pangéran bakal ngluwari bangsa Israèlsaka kasangsarané, lan saka pegawéanpeksan sing kudu dilakoni.4Samasa nindakaké iki kabèh, wongIsraèl ngidung moyoki raja Babilmengkéné, "Raja sing ambek siya wisambruk! Wis ora bakal bisa nindhesmenèh.5Pangéran wis mungkasi pepréntahanépara penggedhé sing ala,6 sing karo nepsu nindhes lan tansahnganiaya bangsa-bangsa telukané.7Saiki salumahé bumi bakal ngalamikatentreman, lan kalawan ayem sabenwong bakal padha ngidung kanthibungah.

Page 548: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 14.8–13 478Wit sanobarh lan wit cemara ingLibanon bakal padha bungah-bungahmerga raja sing ambek siya kuwi wismati, lan saiki ora ana wong sing akonnegori wit-wit mau!9Donyané wong mati wis siaga mapagraja Babil mau. Rohé wong-wong singbiyèn padha nyekel pangwasa ing bumilan rohé para raja padha gumrégahtangi.10Kabèh padha mbagèkaké tekané rajaBabil, ‘Hé, kowé saiki padha karo aku,apes lan ora duwé daya!11Biyèn kowé diurmati nganggoswaraning kecapi, nanging saiki kowéwis ana ing panggonané wong matising sepi. Saiki peturonmu singgat, lankemulmu cacing.’12Hé raja Babil, biyèn kowé kayalintang panjer ésuk sing padhang soroté,nanging saiki wis tiba saka langit! Biyènbangsa-bangsa koktelukaké, saiki kowésing dibanting ing lemah.13Biyèn tékadmu arep mapanakédhamparmu ana ing sandhuwurélintang-lintang sing dhuwur dhéwé!Pangiramu kowé bisa manggon ana ing

hsanobar: beros.

Page 549: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 14.14–20 48

gunung sisih Lor, panggonané para déwapadha mlumpuk.14Ujarmu kowé arep munggah ingsandhuwuré awang-awang lan dadi kayaPangéran Kang Mahaluhur.15Mangka saiki kowé dibanting landicemplungaké ing donyané wong matising jero dhéwé.16Kabèh sing ana ing panggonan konobakal ndeleng lan namataké kowé.Bakal padha takon, ‘Apa iki wongé singbiyèn gawé geteré bumi lan ngoregakénegara-negara?17Apa iki wongé sing nggempurikutha-kutha didadèkaké ara-arasamun? Apa iki wongé sing ora taungluwari wong-wong sing ditawan utawangulihaké wong-wong mau?’18Raja-raja ing bumi kabèh padhasumaré ing pesaréané kang éndah,19nanging kowé ora duwé kuburan.Jisimmu mung dibuwang, banjur bosokdhéwé lan ditindhihi jisim-jisimé paraserdhadhu sing mati ing peprangan, singpadha dibuwang mengkono waé ana ingluwangan watu, banjur diidak-idak.20Negaramu wis koktumpes dhéwé.Mulané kowé bakal ora dikubur kaya

Page 550: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 14.21–26 49

raja-raja liyané. Sedulur-sedulurmu singala siji waé ora ana sing bakal ditulungi.21Panyembelèhan bakal énggal diwiwiti!Anak-anakmu bakal mati krana dosanépara leluhuré. Siji waé ora ana sing bakaldadi raja utawa mbangun kutha-kutha."22Pangéran Kang Mahakwasa ngandikamengkéné, "Babil arep Dakserang,banjur Dakrubuhaké. Wong siji waé oraana sing bakal Dakslametaké, senajanbocah pisan ora bakal Dakuripi. Aku,Pangéran wis ngandika.23Babil bakal Dakdadèkaké rawa singdienggoni manuk beluk. Babil bakalDaksapu resik. Aku, Pangéran KangMahakwasa wis ngandika!"24Pangéran Kang Mahakwasa supaos,"Apa sing wis Dakrancang bakalDaktindakaké.25Wong Asyur sing ana ing tanah-KuIsraèl bakal Daktumpes, lan sing padhamanggon ing gunung-gunung-Ku bakalDakidak-idak. Umat-Ku bakal Dakluwarisaka panindhesé wong Asyur.26 Iya mengkono kuwi sing bakalDaktindakaké ana ing bumi. Mengkonopangancam-Ku tumrap para bangsa."

Page 551: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 14.27–32 5027Pangéran Kang Mahakwasa wismutus arep nindakaké kuwi mau kabèh.Astané diagagaké kanggo ndhawuhaképaukuman, lan ora ana wong sing bisanyegah kersané.28 Ing taun sédané Raja Ahas, anawangsit mengkéné,29Hé bangsa Filistéa, gitik sing kanggonggebugi kowé wis putung, nangingkowé aja bungah-bungah, sebab sakaula sing mati njedhul ula sing luwihmandi, lan tetesané ula mandi mau ulasing bisa mabur.30Kowé bakal ngalami paceklik, mangkaora ana sing bisa oncat. Allah bakaljumeneng Pangoné wong-wong miskining antarané umaté. Uripé bakal direksasupaya ayem tentrem.31Padha ngadhuh-adhuh lan sesambatanjaluk tulung, hé kutha-kutha Filistin!Padha wedia lan girisa! Ana kukuskemebul teka saka Lor, tandhatekané tentara akèh lan kuwat, turkendel-kendel.32Para utusané wong Filistéa sing tekalan takon arep kita wangsuli kepriyé?Bakal kita wangsuli, yèn Pangéran wis

Page 552: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 15.1–5 51

mbangun Sion lan umaté sing nandhangsangsara bakal ngungsi mrana.

151Wangsité Pangéran kanggo Moabmengkéné: Kutha Ar lan Kir wis

disirnakaké sajroné sawengi, lan tanahMoab wis malih dadi sepi.2Wong-wong sing manggon ing Dibonpadha munggah ing punthuk-punthukkaro nangis ana ing panggonanébrahala-brahala sing disembah. Wongsing padha manggon ana ing Moab padhanangisi kutha Nebo lan Médeba. Sirahélan jénggoté padha dicukur minangkatandha yèn lagi padha kepatèn.3 Ing dalan-dalan padha nganggo bagor,tandha yèn lagi susah. Ing alun-alun laning payon-payoné omah wong padhasesambat karo nangis.4Wong Hèsbon lan Eléalé padha jerit-jerit nganti keprungu tekan Yahas. Paraserdhadhu dhéwé iya padha gemeter.Wis ilang kekendelané.5Aku mesakaké karo Moab! Wongsing manggon ana ing kono padhangungsi menyang kutha Zoar lan kuthaÉglat-Selisia. Ana sing munggah ingdalan sing tekan Luhit karo nangis; anasing mlayu menyang Horonaim karo

Page 553: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 15.6–16.2 52

sambat-sambat lan ngadhuh-adhuhseru.6Banyuné Kali Nimrin lan suket singthukul ing pinggirané wis garing kabèh,ora ana thethukulan siji waé sing isih ijo.7Wong padha nasak metu LebakHaarabim, karepé arep nylametakéraja-branané.8 Ing ngendi-endi ing tapel watesé Moabkeprungu tangisé wong. Sesambatékeprungu tekan Églaim lan Beèr-Élim.9 Ing Dibon banyuné kali malih dadiabang merga kecampuran getih. LanGusti Allah bakal nekakaké prekara-prekara sing luwih nggegirisi menèhtumrap wong-wong ing kana. Algojo singdiutus mrana bakal matèni wong Moabkabèh sing isih urip.

161Saka kutha Sela, sing dunungéana ing ara-ara samun, bangsa

Moab ngaturaké cempé wedhus gèmbèldisaosaké marang Sang Raja ingYérusalèm.2Wong-wong Moab padha ngentèniing sapinggiring Kali Arnon karo mlakumrana-mréné, kaya manuk sing digusahsaka susuhé.

Page 554: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 16.3–7 533Pangucapé marang bangsa Yéhuda,"Kandhaa, aku kokkon nglakoni apa?Aku butuh pengayomanmu, kaya witsing awèh pengayoman ing wayah awan.Aku dakngéyub ing ngisoré. Aku rakwong ngungsi. Aku dhelikna supaya oraditemu wong sing nggolèki aku, ajagawé sengsaraku.4Aku dakmondhok ing negaramu.Aku uwalna saka tangané wong-wongsing arep numpes aku." (Panindheslan pangrusak bakal mandheg, lanwong-wong sing nggempur Israèl bakallunga saka kono.5Sawisé mengkono bakal ana tedhakéDawud sing dadi raja lan kuwi bakalngerèh bangsané kalawan asih lan setya,keadilan bakal dijejegaké menèh lankabeneran bakal ditindakaké.)6Wangsulané bangsa Yéhuda, "Aku wisngerti yèn bangsa Moab kuwi angkuh,gemunggung lan lumuhur-luhur, nangingtembungé ora ana tegesé."7Bangsa Moab bakal nggresahngrasakaké kasangsarané. Kabèh bakalpadha nangis yèn kèlingan panganénak sing dipangan ana ing kutha

Page 555: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 16.8–11 54

Kir-Harèsèt, bakal padha semplah lanngadhuh-adhuh.8Palemahan-palemahan ing sacedhakéHèsbon lan kebon-kebon anggur ingSibma wis rusak kabèh, yakuwi kebon-kebon sing adaté ngasilaké anggur singapik dhéwé minangka ombèn-ombènépara penggedhé. Lumrahé wong-wongmau padha ngombé anggur ngantimendem. Biyèn kebon-kebon anggurkuwi jembaré nganti tekan kutha Yaézèr.Mengétan nganti tekan segara wedhi,mengulon tekan sabrangané SegaraMati.9Saiki enggonku nangisi anggur Sibmakaya enggonku nangisi Yaézèr. Akunangisi Hèsbon lan Eléalé merga panènépadha wurung.10Ora ana wong sing bungah atinéndeleng palemahan sing biyèn suburbanget. Ora ana wong sing gunemansora lan ora ana wong ura-ura anaing kebon anggur. Ora ana wongmipit anggur lan ngolah angguré dadiombèn-ombèn. Wis ora ana swaranéwong surak-surak menèh.11Atiku remuk ndeleng kaanané Moablan Kir-Harèsèt.

Page 556: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 16.12–17.4 5512Wong Moab kanthi rekasa munggahmenyang gunung panggonané ngibadahlan sembahyang, nanging ora ana asilé.13Kaya mengkono wangsité Pangéransing biyèn kaparingaké tumrap Moab.14Saiki Pangéran ngandika, "Telungtaun engkas, pas kaya wektu iki,kasugihané Moab bakal sirna kabèh.Rakyaté sing saiki akèh cacahé bakalkari sethithik banget, tur ora duwékekuwatan apa-apa."

171Pangéran ngandika, "Damsyikbakal ora wujud kutha menèh,

nanging dadi jugrugan.2Kutha-kutha ing Siria bakal ditinggalsuwung selawas-lawasé sarta dadipanggonané sato kéwan. Ora ana wongsing bakal nggusah saka kono.3 Israèl bakal loyo lan ora duwékekuwatan. Damsyik bakal kélangankamardikané. Kekarèné wong Siriauripé bakal nandhang kanisthan, kayawong Israèl. Aku, Pangéran, Allah KangMahakwasa wis ngandika."4Pangandikané Allah menèh, "Bakalkelakon, kaluhurané Israèl wis tamat,lan kasugihané malih dadi kemlaratan.

Page 557: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 17.5–10 565 Israèl bakal dadi kaya tegalan ingRéfaim sawisé gandumé entèk dipanèni.6Kaya wit zaitun sing wohé entèkdiundhuh, kari siji loro sing ana ingpucuk, lan sawetara sing ana ingpang-pang rada ngisor. Kaya mengkonobakal kekarèné bangsa Israèl, mungsethithik sing bakal dislametaké. Aku,Pangéran Allahé Israèl, wis ngandika."7 Ing dina mau wong bakal bali nyuwuntulung marang Pangéran, kang nitahaké,iya Allahé Israèl.8Wong-wong kuwi wis ora ngarep-arep asiling penggawéné dhéwé, oranggatèkaké mesbèh-mesbèh panggonanngobong dupa lan reca-recané DèwiAsyéra.9 Ing dina kuwi kutha-kutha sing dijagakuwat bakal dadi jugrugan lan sepinyenyet, kaya kutha-kutha sing ditinggalsuwung déning wong Hèwi lan wongAmori nalika padha keplayu dioyak wongIsraèl.10 Israèl, kowé wis lali karo Allah singnylametaké lan ngreksa kowé kayagunung watu sing sentosa. Kosokbaliné,kowé wis padha yasa taman-tamankanggo nyembah brahala.

Page 558: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 17.11–18.2 5711Senajan taman-taman mau padhathukul lan sanalika metokaké kembang,éwasemono bakal ora ana asilé singkena kokpethik. Sing bakal kokalamimung kasusahan lan kasangsaran singora entèk-entèk.12Bangsa-bangsa gedhé lagi padhagemuruh, kaya gemuruhé segara lanjumeguré ombak gedhé-gedhé.13Tekané gemrudug kaya ombakgegulungan. Nanging padha diancamdéning Pangéran, banjur padha mundur,disebul kaya awu saka pèrènginggunung, utawa kaya mrambut kabur ingangin.14 Ing wayah soré padha gawé geter,nanging ing wayah ésuk wis ora anatilasé. Mengkono nasibé saben wongsing ngrayah kita.

181 Ing sabrangé kali-kali Sudanana negara sing misuwur merga

swarané swiwi manuk sing padha mabur.2Saka negara kono tekané utusan-utusan sing medhun menyang segaranunggang prau glagah ing BengawanNil. Hé para utusan sing trengginas,padha énggal balia menyang negaramu.Wangsit iki gawanen kanggo bangsamu

Page 559: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 18.3–7 58

sing gagah prakosa, sing wong-wongépawakané gedhé dhuwur, kulité klimislan diwedèni wong sajagad.3Hé wong kabèh manggon ingbumi! Padha awasna, samasa anaumbul-umbul ditancepaké ana ingpunthuk-punthuk! Padha ngrungoknasamasa ana swaraning slomprèt!4Pangéran wis ngandika marang aku,"Saka kedhaton-Ku Aku bakal mirsanibumi kalawan tentrem, tentrem kayabun sing tiba ing wayah bengi, lan cethakaya padhangé srengéngé ing mangsapanèn lan panas.5Sadurungé mangsa ngundhuhwowohan, mangsané kembang padhatiba lan woh anggur mateng ing wit,Sudan bakal diserbu déning mungsuhkanthi gampang, kaya gampangé magaspang-pangé wit anggur nganggo péso.6Mayité para prejurit bakal ditinggalngono waé, dadi mangsané manuk-manuk lan kéwan galak. Ing mangsaketiga dadi mangsané manuk-manuk,ing mangsa rendheng dadi mangsanékéwan galak."7Bakal tekan wektuné negara singakèh kaliné kuwi nyaosaké pisungsung

Page 560: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 19.1–4 59

marang Pangéran Kang Mahakwasa,yakuwi saka bangsa sing gagah prakosa,sing wongé pawakané gedhé dhuwur lanklimis kulité lan diwedèni déning wongsajagad kabèh. Wong-wong mau bakalpadha sowan ing Gunung Sion ngaturaképisungsungé ing Pedalemané PangéranAllah Kang Mahakwasa.

191Wangsit kanggo Mesir. Pangéranrawuhé ing Mesir nitih méga

rerikatan. Para brahala ing Mesir padhagemeter lan wong Mesir padha cilikatiné.2Pangandikané Pangéran, "Aku bakalgawé memungsuhan ing antarané wongMesir siji karo sijiné, sedulur nglawansedulur, tangga karo tangga. Kuthasing siji perang karo kutha sijiné, lanraja-rajané bakal memungsuhan rebutanpangwasa.3Rancangané Mesir bakal Dakbatalakélan atiné Dakgawé judheg. Wong Mesirbakal padha njaluk pitulungan marangbrahala-brahalané, njaluk pituduhmarang para dhukun lan roh-rohé wongmati.4Mesir bakal Dakulungaké ing tanganéraja sing ambek siya, sing ngerèh rakyaté

Page 561: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 19.5–12 60

sewenang-wenang. Aku, Pangéran KangMahakwasa wis ngandika."5Banyuné Bengawan Nil bakal surut lansuwé-suwé asat.6Merga banyuné saya suda mulaambuné bakal tambah bacin. Glagah lansuket-suketé bakal alum.7Sakèhé pembibitan ing saurutéBengawan Nil bakal dadi garing sartakabur katut ing angin.8Wong golèk iwak bakal ngesah-esahmerga pancing lan jalané ora anapaédahé.9Wong sing nenun kain léna bakalsemplah atiné;10mengkono uga wong ngantih lantukang-tukang liyané bakal padhangenes lan nglokro.11Para penggedhé ing Zoan pancènbodho! Penaséhaté sing wicaksanadhéwé ing Mesir waé pituduhé ngawur!Padha wani matur ing ngarsané raja,yèn wong kuwi turuné wong sidik lanraja-raja ing jaman kuna!12Hé raja ing Mesir, ana ing ngendi parapenaséhat kabèh? Kuduné rak padhangerti apa sing karancang déning AllahKang Mahakwasa kanggo Mesir.

Page 562: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 19.13–18 6113Para penggedhé ing Zoan lan Mèmfiskuwi bodho-bodho. Kuwi dudu penuntun,nanging tukang nasaraké rakyat.14Gusti Allah piyambak sing ngesokakéroh goroh marang atiné para penggedhémau, nganti padha nasaraké salakunébangsa Mesir, wekasané apa singditindakaké déning wong Mesir sarwasalah, lan lakuné bangsa mau gloyorankaya wong mendem lan wekasané tibakeplèsèt ana ing utah-utahané dhéwé.15Ora ana wong sing bisa ngentasMesir, dadia pangwasa, utawa rakyat,wong gedhé apa wong cilik.16Mbésuk bakal kelakon bangsa Mesirpadha kaya wong wadon sing isinanlan jirih. Bakal padha gemeter langiris menawa ndeleng Pangéran KangMahakwasa ngagagaké astané ngancamarep ngukum.17Pangéran Kang Mahakwasa wisdamel keputusan tumrap Mesir. Sabendiélingaké bab keputusan kuwi banjurpadha wedi karo Yéhuda.18 Ing wektu kuwi basa Ibrani bakaldienggo ana ing kutha lima ing tanahMesir. Wong-wong ing kutha-kutha maupadha sumpah demi asmané Allah Kang

Page 563: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 19.19–23 62

Mahakwasa. Kutha-kutha mau ana singjenengé: "Kutha Srengéngé".19 Ing tengahé tanah Mesir bakal anamesbèhé Pangéran lan ing tapel wateséana tugu pangéling-éling konjuk marangPangéran.20Mesbèh lan tugu mau minangkaprelambang yèn Pangéran KangMahakwasa dedalem ana ing tanah Mesirkono. Yèn ditindhes, bangsa mau bakalndedonga nyuwun tulung marang Allah,lan Panjenengané bakal utusan wongsing nylametaké.21Gusti Allah bakal medharaké sariranépiyambak marang bangsa Mesir, mulabakal padha wanuh karo Panjenenganélan saos pangabekti. Wong-wong Mesirmau bakal padha ngucapaké kaul konjuking Allah nganggo sumpah.22Pangéran bakal nggitiki wong Mesir,nanging sawisé mengkono tatuné bakalditambani nganti pulih.23 Ing wektu kuwi bakal ana dalangedhé saka Mesir menyang Asyur. WongAsyur bakal padha menyang tanah Mesir,lan wong Mesir padha menyang Asyur,lan kekaroné bakal padha bebarenganngabekti marang Pangéran.

Page 564: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 19.24–20.4 6324 Ing wektu semana kalungguhanéIsraèl bakal padha karo Mesir lan Asyur,lan bangsa tetelu mau bakal padha dadiberkah tumrap sakèhé bangsa ing bumi.25Pangéran Allah Kang Mahakwasabakal mberkahi bangsa teteluné lanngandika, "Aku mberkahi kowé, héMesir, umat-Ku, sarta Asyur, pakaryanéasta-Ku, lan Israèl kagungan-Ku."

201Atas préntahé Sargon, rajaAsyur, panglimané tentara Asyur,

nyerang Asdod, kutha ing tanah Filistin.2Telung taun sadurungé, Pangéranngutus Yésaya bin Amos, nyopot sandhallan sandhangan bagor sing dienggo. NabiYésaya ngèstokaké dhawuh mau, banjurmlaku wuda lan ora nganggo sandhal.3Bareng kutha Asdod dikepung,Pangéran ngandika, "Yésaya abdi-Kuwis telung taun lawasé wuda lan orasandhalan. Kuwi minangka tandha bablelakon sing bakal dialami déning Mesirlan Étiopia.4Wong-wong Mesir lan wong Étiopiabakal ditawan déning raja Asyur landigiring karo wuda lan tanpa trumpahtelung taun lawasé. Wong tuwa, wongnom, kabèh padha wuda lan tanpa

Page 565: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 20.5–21.3 64

sandhal, sarta padha katon bokongésupaya Mesir kwirangan.5Wong sing padha ngendelaké Mesirlan Étiopia bakal padha kecuwan lanentèk pengarep-arepé.6 Ing wektu kuwi wong sing padhamanggon ing pesisir Filistéa bakal padhamuni, ‘Delengen apa kedadéané bangsasing kita endelaké, sing kita jagakakébisa mitulungi kita saka tangané rajaAsyur. Mokal yèn kita bisa oncat ngantislamet.’"

211Pangandikané Allah tumrap Babilmengkéné, "Kaya prahara sing

nyaponi ara-ara samun, kaya mengkonobakal tekané karusakan ing tanah singkaanané lagi gawat.2Wahyu sing nggegirisi kawangsitakémarang aku, mengkéné surasané,‘Tentarané Élam, nyeranga. TentaranéMadai, ngepunga! Aku arep mungkasikasangsaran sing digawé déning Babil!’"3Apa sing dakdeleng lan dakrungusajroning wahyu gawé geterku. Bojokulara banget, kaya wong wadon singnglarani.

Page 566: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 21.4–10 654Sirahku ngelu, atiku trataban. Akungarep-arep tekané wayah soré, barengwis teka, mung gawé giris thok.5 Ing wahyu mau aku weruh anadhaharan ditata, mengkono ugapanggonan sing arep dilungguhi paratamu. Dumadakan ana aba, "Paraperwira! Tamèngmu angkaten!"6Gusti Allah banjur ngendika marangaku mengkéné, "Lungaa, nugasna wonging pejagan. Konen nglapuraké apa singdideleng.7Yèn weruh wong nunggang jaranngloro-ngloro, wong nunggang kuldi lanunta, kudu ditamataké sing temenan."8Wong sing jaga mau banjur celuk-celuka awèh weruh, "Pak, kula sampunjagi ing ngriki rinten lan dalu."9Dumadakan ana wong padha teka!Wong nunggang jaran ngloro-ngloro!Wong jaga mau banjur awèh weruh,"Babil sampun rebah! Reca-recaningdéwa-déwanipun ingkang dipun sembahsampun remuk pating slebar ing siti."10Hé Israèl bangsaku, sing wisdiidak-idak lan digawé kèsèd! Saikikowé dakkabari pawarta sing becik, singdakrungu saka Pangéran, Allahé Israèl!

Page 567: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 21.11–16 6611Pangandikané Allah tumrap Édom.Ana wong ngundang aku saka Édom,muni ngéné, "Hé wong jaga, apa benginéisih suwé? Suk kapan entèké?"12Wangsulané sing jaga, "Wis mèhésuk, nanging benginé bakal tekamenèh. Yèn kowé arep takon menèh,tekaa waé lan takona!"13Pangandikané Allah kanggo tanahArab mengkéné, "Hé wong Dédan,kafilah-kafilah sing padha nginep ana ingalas-alas ing tanah Arab.14Hé wong-wong sing padha manggonana ing Téma, padha metua, nggawaabanyu kanggo wong sing padha kasatan,metua, wong-wong sing padha tekangungsi kuwi pethukna karo nggawaroti!15Sebab wong-wong kuwi padhangungsi nyingkiri pedhang sing arepdienggo matèni, ngoncati panah singarep ditamakaké, ya ngoncati sakèhébebayané peprangan."16Gusti Allah banjur ngandika marangaku mengkéné, "Setaun engkas,kaluhurané tanah Mesir kabèh bakalsirna.

Page 568: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 21.17–22.6 6717Prejurit ahli panahé Kédar singmisuwur kekendelané bakal mung karisethithik. Aku, Pangéran Allahé Israèl,sing ngandika!"

221Pangandikané Allah kanggoLembah Wahyu. Yagéné wong-

wong ing kutha padha mungguh ingpayon?2Hé negara sing ramé lan kebakswarané wong sing padha surak-surak.Wongmu sing padha mati ing pepranganpatiné ora merga saka pedhang.3Para penggedhému padha keplayu landitawan sadurungé nglepasaké panahé.4Wis, aku tinggalen, aku arep nangisiwong-wongku sing padha mati. Aku ajakoklipur.5Yaiki dina pesambat, pangiles-ileslan gègèran sing ditekakaké déningPangéran Allah Kang Mahakwasa.Bètèngé kutha wis dijugrugaké, sambatéwong sing celuk-celuk njaluk tulungngemandhang ing punthuk-punthuk.6Para tentara jaranan saka tanahÉlam padha ngebyuk, nggawa gegamangendhéwa lan panah. Tentara saka tanahKir wis siaga nganggo tamèng.

Page 569: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 22.7–13 687Lembah-lembahé tanah Yéhuda singsubur wis kebak kréta perang. Tentarajaranan wis tekan ngareping gapura.8Yéhuda wis ora kuwagang ngadhepimungsuh. Yèn wis tekan semono kowébakal ngetokaké gegaman saka gudhangsimpenan.9Kowé iya banjur weruh endi témbokéYérusalèm sing kudu ditambal. Omah-omah ing Yérusalèm banjur kokpriksa.Ana omah sawetara sing kokjugrugaké,supaya watuné kena dienggo nambalbètèngé kutha.10 (22:9)11Supaya duwé banyu ing njero kuthaanaa tandhon kanggo nyimpen banyusing mili saka blumbang tuwa. Nangingkowé ora nggatèkaké marang Allah singwis lawas olèhé ngrancang supaya kuwikabèh bisa kelakon.12Nalika semono Pangéran Allah KangMahakwasa dhawuh supaya kowé padhanangis lan sesambat, nyukur sirahmulan nganggo bagor,13nanging kowé malah nggeguyu lanpadha pésta. Padha nyembelèh wedhuslan sapi, mangan daging lan ngombéanggur karo muni, "Ayo padha mangan

Page 570: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 22.14–19 69

lan ngombé, sebab sésuk kita bakalmati!"14Pangéran Allah Kang Mahakwasapiyambak sing ngandika marang aku,"Pialané wong kuwi sajegé ora bakaldiapura. Aku, Pangéran Allah KangMahakwasa wis ngendika."15Pangéran Kang Mahakwasa ngutusaku marani Sèbna, penggedhé singngurusi kedhaton. Dhawuhé Pangéranmengkéné,16 "Pangiramu kowé kuwi sapa, dénékumawani gawé kuburanmu ana inggunung watu kéné?17Bisa uga kowé wong gedhé, nangingGusti Allah bakal ngangkat lan mbantingkowé, banjur dibuwang adoh,18kaya carané wong mbuwanggulungan benang. Kowé bakal dibuwangmenyang negara sing luwih gedhélan mati ana ing antarané kréta-krétaperang sing kokegung-egungaké. Kowéwis gawé isiné bendaramu,19mulané Gusti Allah bakal nglorodkowé saka pangkatmu sing dhuwur,diasoraké."

Page 571: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 22.20–25 7020Pangandikané Allah marang Sèbna,"Ing wektu kuwi Aku bakal nimbaliabdi-Ku Èlyakim bin Hilkia.21 Jubahmu bakal Dakenggokakémarang wong kuwi, semono ugasabukmu bakal Daksabukaké, apa menèhpangwasamu bakal Dakparingaké.Èlyakim bakal dadi bapak tumrapingrakyat ing Yérusalèm lan para umat ingYéhuda.22Wong kuwi bakal Dakdadèkaképangwasa ana ing kratoné Dawud lanDakpasrahi pangwasa gedhé. Apa singdiputus ora ana sing bisa mbatalaké.23Aku bakal netepaké kalenggahané,kaya paku ana ing papan sing sentosa,sarta kulawargané kabèh bakalkinurmatan.24Nanging sedulur-seduluré lanwong-wongé bakal dadi tanggunganabot. Wong-wong mau presasat grabahsing dicanthèlaké ana ing paku.25Paku sing dipasang rosa mausuwé-suwé bakal coplok lan tiba. Lankuwi bakal dadi wekasané sakèhé wongsing cemanthèl ana ing wong mau. AkuPangéran Allah Kang Mahakwasa wisngandika."

Page 572: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 23.1–7 71

231Pangandikané Allah kanggo Tirusmengkéné: Padha sesambata

hé sakèhé wong Tirus sing lelayaran!Omahmu ing kutha pelabuhan Tirus wispadha rubuh. Omah lan pelabuhané wisdadi gempuran. Yèn prau-praumu balisaka Siprus, kowé bakal krungu wertané.2Para sudagar ing Sidon, padhanangisa!3Kowé kongkonan wong nyabrangsegara kulak gandum saka tanah Mesir,banjur diedol marang sakèhé bangsa ingbumi.4Hé Sidon, saiki kowé diasoraké!Segara lan samodra padha ora ngakonikowé, pangucapé, "Aku ora tau duwéanak. Aku ora tau nggedhèkaké anaklanang utawa wadon."5Wong Mesir pisan padha kagèt langemeter bareng krungu yèn Tirus wisdadi gempuran.6Hé wong Funisia, padha nangisalan sambata! Padha ngoncatana lanngungsia menyang Spanyol!7Apa temenan iki kutha Tirus, kuthasing nyenengaké? Sing wis madeg wiwitjaman kuna? Apa iki kutha sing dadi

Page 573: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 23.8–12 72

asalé wong-wong sing padha tetrukai ingnegara-negara manca?8Sapa sing ngrancang karusakanéTirus, kutha asalé sudagar-sudagargedhé sing ngutus para wakilé ngwasanidonyané dedagangan ing salumahingbumi?9Pangéran Allah Kang Mahakwasa singngrancang kuwi kabèh. Panjenenganésing ngandhakaké gemunggungé wongTirus sing ngumukaké kabisané, yaPanjenengané piyambak sing ngasoraképara penggedhéné sing kajèn-kéringansajagad.10Hé wong sing neneka ing jajahanSpanyol. Padha balia nggarap lemahmu,sebab saiki wis ora ana sing ngayomikowé menèh.11Gusti Allah wis ngagagaké astanéing sandhuwuré segara lan ngrubuhakékraton-kraton. Panjenengané wisndhawuhaké ngrusak pusat-pusatdagangané wong Funisia.12Dhawuhé, "Hé kutha Sidon, kowébakal ora surak-surak menèh, lan wong-wongmu bakal kasiya-siya. Senajan

itetruka: miwiti manggèn.

Page 574: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 23.13–17 73

ngungsia menyang Siprus, ana ing kanaora bakal bisa slamet."13Dudu wong Asyur, nanging wongBabil sing bakal nggempur Tirus lanndadèkaké kutha mau dadi panggonanékéwan galak. Wong Babil sing bakalngepung kutha mau karo menara-menarané, ngrubuhaké bètèng-bètèngékutha Tirus, kadadèkaké gempuran.14Hé para wong sing lelayaran ingsamodra! Kutha sing kokendelaké saikiwis kasirnakaké.15Bakal kelakon kutha Tirus ora diélingimenèh lawasé 70 taun, yakuwi saumuréraja. Sawisé pitung puluh taun maubakal ana menèh nyanyiané wanita tunasusila:16 "Jupuken clempungmu, ngubenganakutha, hé kowé sundel sing wis orakocap. Unèkna clempungmu lanmenyanyia menèh, supaya wong padhambalèni kowé sepisan engkas."17Yèn wis kliwat pitung puluh taun,Gusti Allah bakal marengaké Tirus balidadi kutha dagang menèh. Lan iya bakalnyundel menèh karo sakèhé raja ingbumi.

Page 575: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 23.18–24.5 7418Dhuwit olèh-olèhané dedaganganbakal disaosaké marang Allah.Bebathèné ora arep ditandho menèh,nanging dienggo tuku pangan lansandhangan kanggo wong-wong singpadha nyambut-gawé ing PedalemanéAllah.

241Temenan bumi bakal digawéludhes lan suwung déning Allah.

Bumi bakal diwalik lan wong singmanggon ing kono bakal dibuyaraké.2Saben wong bakal ngalami nasibsing padha; imam-imam padha karowong lumrah, batur-tukon padha karobendarané, wong sing tuku karo wongsing adol, sing motangaké karo singutang, wong sugih karo wong mlaratkaanané padha.3Bumi bakal dadi cengkar lan dadisangar. Pangéran Allah Kang Mahakwasawis ngandika.4Bumi bakal dadi saya garing lan alum!Langit lan bumi padha ngenes.5Bumi dadi najis, merga dinajisakédéning wong sing padha ngenggoni,merga padha nglanggar dhawuhéGusti Allah, mbubrah prenatan sartanglirwakaké prejanjian langgeng.

Page 576: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 24.6–13 756Mulané Gusti Allah maringi paukumanmarang bumi. Umaté bakal nampapaukuman. Manungsa salumahing bumibakal sirna, kekarèné bakal mungsethithik.7Wit anggur bakal alum, mulanéanggur bakal langka. Saben wong singbiyèn uripé seneng, bakal padha sedhih.8Swaraning musik sing mbungahakéati, kayata swarané clempung lantambur wis lèrèn.9Ora keprungu menèh swaranényanyian bab anggur, sebab ora anawong sing tau ngerti rasané.10 Ing kutha, apa waé dadi kisruh, lansaben wong, milih ana ing omah waésing aman.11Wong akèh padha pating brengokana ing dalan-dalan, merga wis ora anaanggur. Sakèhé kabungahan wis sirna,sakèhé kasenengan ing bumi wis oraana.12Kutha wis dadi gempuran, gapuranéwis padha rusak.13Mengkono bakal kedadéané bangsa-bangsa ing salumahé bumi. Padhakaya mangsa lebar panèn, woh kurma

Page 577: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 24.14–18 76

wis diplècèti lan saben wit anggur wisdipethiki wohé sing wekasan.14Wong sing tahan lan isih urip padhamenyanyi saka bungahé. Sing ana ingKulon padha nyritakaké kaluhurané GustiAllah.15Sing ana ing Wétan padha ngluhurakéasmané. Bangsa-bangsa sing padhamanggon ing sauruté segara padhamemuji asmané Pangéran, Allahé Israèl.16Saka kikis watesé bumi kita padhakrungu wong padha memuji AllahéIsraèl, kang mahaadil. Nanging akukandha, "Saiki aku wis ora duwépengarep-arep menèh! Cilaka aku,merga wong ala padha nerusaké lakunésing ala, malah olèhé goroh ngungkulising uwis-uwis."17Hé wong salumahing bumi.Rungokna! Kowé bakal disiksa,dicemplungaké ing sumur lan dipasangikala-jiret.18Saben wong sing arep oncat sakapanyiksa bakal kecemplung ing sumur,lan sapa sing uwal saka sumur bakalkena kala-jiret. Udan bakal kayagrojogan kaesokaké saka langit, lanbumi bakal gonjang-ganjing.

Page 578: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 24.19–25.1 7719Lemah-lemah bakal padha bengkahlan gempal, banjur menga.20Bumi bakal sempoyongan kayawong mendem, kontrang-kantringankaya gubug katempuh ing prahara.Bumi kabotan mikul dosa panglawanémanungsa, mula bakal rubuh lan orabisa ngadeg menèh.21Bakal kelakon ing wektu kuwi GustiAllah ngukum para pangwasa ing langitlan para penggedhé ing bumi.22Para raja bakal padha diklumpukakédadi siji kaya wong tahanan, kalebokakéing sumur. Bakal padha dikunjara ngantisatekané mangsa paukuman.23 Ing kono rembulan bakal dadipeteng, lan srengéngé mari nyunaraképadhangé, sebab Pangéran Allah KangMahakwasa piyambak kang jumenengraja. Panjenengané bakal ngedhatonana ing Yérusalèm, ing Gunung Sion.Para pinituwa lan para umat bakal padhandeleng kaluhurané.

251Dhuh Allah, Paduka menikaAllah kawula; Paduka badhé

kawula luhuraken lan asma Padukakawula puji. Paduka sampun nindakakenprekawis-prekawis ingkang élok; Paduka

Page 579: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 25.2–5 78

sampun nindakaken kalayan kasetyansedaya ingkang sampun dangu Padukarancang.2Kitha-kitha Paduka jungkir-walikdados gempuran, bètèngipun Padukarebahaken. Kedhaton ingkang kayasadéning para mengsah sampun Padukasirnakaken ing selami-laminipun.3Bangsa-bangsa ingkang agengpangwaosipun badhé sami memujiasma Paduka. Paduka badhé dipunajrihi wonten ing kitha-kithanipunbangsa-bangsa wau.4Tiyang mlarat lan tiyang apes samingungsi dhateng Paduka lan samikapitulungan ing mangsa karibedan.Menawi wonten prahara Paduka paringipangungsèn, ing papan bentèr Padukaparingi pangauban. Tiyang ambek siyasami nyerang kados prahara ing mangsabedhidhing,5 inggih kados bentèring ketiga ingtanah garing. Nanging Paduka dhuhAllah, sampun nyirep mengsah kawulasedaya. Kados méga ingkang ngayomibumi, inggih kados mekaten enggènPaduka nyirep bengak-bengokipuntiyang ambek siya.

Page 580: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 25.6–10 796Gusti Allah Kang Mahakwasa arepnyawisaké bujana ana ing Gunung Sionkanggo para bangsa sajagad. Bujanarupa pangan sing énak-énak lan anggursing apik dhéwé.7 Ing kéné Panjenengané bakalnyingkiraké mendhunging kasusahan,sing tansah nglimputi para bangsa.8Gusti Allah bakal mbéngkas patiselawas-lawasé! Panjenengané bakalngusapi luh saka sakèhé mripat,sarta nyirnakaké kawirangané umatéing salumahé bumi. Mengkonopangandikané Pangéran, Allah KangMahakwasa.9 Ing wektu kuwi wong padhakandha, "Panjenengané kuwi Allahkita! Panjenengané sing kita endelaké,lan Panjenengané wis ngluwari kita.Panjenengané kuwi Allah! Panjenenganésing kita anti-anti. Saiki kita begja lanbungah-bungah, merga Panjenenganéwis ngluwari kita."10Gusti Allah bakal ngayomi GunungSion, nanging Moab bakal diiles-iles kayadamèn sing ana pawuhan.

Page 581: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 25.11–26.6 8011Wong-wongé padha srawéan tanganékaya nglangi, nanging Gusti Allahngèndelaké waé nganti tanpa daya.12Bètèng-bètèng lan gapura-gapuranéMoab sing dhuwur-dhuwur bakaldigempur nganti dadi kaya lebu.

261 Ing kono bakal kelakon umating Yéhuda padha menyanyi

mengkéné, "Kita padha duwé kuthasing sentosa! Allah piyambak sing njagibètèngé.2Gapurané kutha wengakna, supayapara mursid saka bangsa ngendi-endipadha mlebu, yakuwi umat sing padhanindakaké prekara sing bener.3Dhuh Pangéran, mugi kersa maringikatentreman ingkang sejatos dhatengsok sintena ingkang setya, sartakumandel dhateng Paduka.4Padha ngandela marang Allah, supayaselawasé kita padha direksa.5Wong gemunggung padha diasoraké,kutha-kutha sentosa sing dienggonipadha dirubuhaké, bètèng-bètèngépadha dijugrugaké dadi awu.6Wong sing mauné disiya-siya saikipadha jag-jagan, padha ngidak-idakkutha mau."

Page 582: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 26.7–11 817Dhuh Pangéran, marginipun tiyangmursid menika radin, sebab Padukaingkang ngradin margi wau.8Kawula sami ngenut kersa Paduka,dhuh Allah, lan ngantos-antos pitulungansaking Paduka piyambak. Inggih namungPaduka piyambak ingkang kawulaajeng-ajeng.9 Ing wanci dalu kawula ngangen-angenPaduka kalayan gumolonging manah;samasa Paduka ngadili bumi lanpara umat, tiyang-tiyang badhé samimangertos pundi keadilan ingkangsaleresipun.10Senajan Paduka nandukakenkasaénan dhateng tiyang awon, tiyangwau mboten badhé sinau tumindak leres.Senajan sami manggèn ing tengahingtiyang mursid, meksa sami nindakakenpiawon. Margi sami mboten purunngakeni kaluhuran Paduka.11Para mengsah Paduka mboten samimangertos, bilih badhé sami Padukaukum. Dhuh Allah, tiyang menika mugiPaduka damel wirang lan Paduka paringikasisahan, supados sami ngraosakenpaukuman ingkang sampun Padukacawisaken. Mugi Paduka ngetingalaken

Page 583: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 26.12–17 82

sepinten agenging sih Paduka dhatengpara kagungan Paduka.12Dhuh Allah, Paduka sampunnyawisaken katentreman kanggékawula, sebab samukawis prekawisingkang kawula tandangi, menikaPaduka piyambak ingkang nindakakenkanggé kawula.13Dhuh Pangéran, Allah kawula,sampun kathah tiyang ingkang ngwaosikawula, nanging sejatosipun namungPaduka piyambak menika Allah kawula.14Tiyang-tiyang menika samenikasampun sami pejah lan rohipun mbotenbadhé sami tangi malih, margi sampunPaduka ukum lan Paduka tumpes.Mboten wonten tiyang ingkang ngémutipiyambakipun.15Dhuh Allah, bangsa menika sampunPaduka damel kathah. Kikis-watesipunsampun Paduka elar sedaya. Menikasedaya njalari asma Paduka kaluhuraken.16Nalika bangsa menika Paduka ajar,lajeng sami sesambat ing salebetingpandonga dhateng Paduka.17 Inggih Paduka piyambak ingkangdamel umat menika ngrintih kadostiyang èstri ingkang badhé gadhah laré,

Page 584: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 26.18–21 83

sambat sakit. Mekaten kawontenankawula suwau wonten ing ngarsaPaduka, dhuh Allah.18Kawula sami wawrat, saweg nyakiti,nanging namung hawa ingkang kawulawedalaken; kawula mboten angsalkemenangan menapa-menapa kanggénegari kawula, sedaya ingkang samikawula tindakaken menika muspra.19Tiyang pejah kagungan Padukabadhé sami gesang malih! Jisim-jisimipun badhé tangi malih. Sedayatiyang ingkang sami tilem ing kuburbadhé tangi lan memuji kalayan bingah.Kados ebun énjing nyegeraken bumi,inggih mekaten Allah enggènipun badhénangèkaken malih tiyang-tiyang ingkangsampun dangu pejahipun.20Hé bangsaku, padha mlebua ingomahmu lan kancingen lawangé. Padhandhelika sawetara mangsa ana ing kono,nganti Pangéran mari enggoné duka.21Gusti Allah arep rawuh saka swarga,ngajar wong-wong ing bumi merga sakadosané. Mematèni sing katindakakékanthi sesidheman bakal konangan, lanbumi bakal ora ndhelikaké wong-wongsing dipatèni ana ing kono.

Page 585: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 27.1–7 84

271 Ing wektu kuwi Gusti Allah bakalndhawahaké paukuman srana

pedhangé kang ampuh kanggo ngremukendhasé Léwiatan, yakuwi naga ingsegara sing nlosor lan nggubet-nggubet,supaya mati.2 Ing dina mau Gusti Allah bakalngandika bab kebon anggur kagunganésing éndah mengkéné:3 "Kebon anggur kuwi selawaséDakjaga, ora kendhat olèhku nyirami.Dakreksa rina lan wengi, nganti ora anasing ngganggu.4Paukuman-Ku tumraping kebonanggur-Ku wis sirep. Nanging saupamamung metokaké eri lan rerungkudan singkudu disirnakaké, kabèh bakal Dakobongnganti tapis.5Kejaba menawa umat-Ku padhangungsi lan sowan marang Aku, rukunkaro Aku, ya rukun karo Aku."6Mbésuk bangsa Israèl, turuné Yakub,bakal dadi wit, ngetokaké oyod, semi lanngrembaka, sarta woh sing diwetokakébakal ngebaki bumi.7 Israèl durung tau digebag déningAllah kaya mungsuh-mungsuhé, landurung tau cacahé wongé sing mati ing

Page 586: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 27.8–12 85

peprangan akèhé kaya cacahé mungsuhésing tiwas.8Gusti Allah enggoné ngukum umatésrana dibuwang menyang negara liya.Umaté ditundhung metu saka tanahénganggo prahara saka tanah Wétan singnggegirisi.9Nanging dosané Israèl diapura samasamesbèh-mesbèh watu sing dienggonyembah brahala wis diremuk kayakapur lan pedupan kanggo Asyéra oraana sing kari.10Kutha sing disentosani nganggobètèng kuwi wis kajugrugaké dadigempuran. Wis ditinggal suwung dadiara-ara samun sing sepi. Wis dadipesabané sapi-sapi sing padha nyenggutlan ngaso ana ing kono.11Pang-pangé wit padha alum lansempal, wong wadon padha golèk kayukanggo masak. Sarèhné umaté bodholan ndableg, mulané Pangéran Allahsing nitahaké ora welas lan ora maringipalimirma.12 Ing dina kuwi Gusti Allah bakalnglumpukaké umaté siji-siji sakaBengawan Éfrat tekan tapel watesé

Page 587: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 27.13–28.3 86

Mesir, kaya wong sing misahaké gandumsaka mrambuté.13Yèn wis mengkono bakal ana uninéslomprèt sing ngundang wong Israèl anaing pembuwangan, ing tanah Asyur laning tanah Mesir, didhawuhi bali menyangtanahé dhéwé. Wong-wong mau bakalpadha teka lan padha sujud marangPangéran Allahé ing Yérusalèm, ana inggunungé sing suci.

281Kraton Israèl bakal cilaka!Kamulyané wis alum, kaya

makutha saka kembang sing ana ingsirahé para penggedhéné sing padhamendem. Sirah sing gemedhé maugandané wangi. Nanging delengen,wong-wong mau padha pating gléthakmendem kepati.2Pangéran wis nyawisaké wongrosa sing gedhé pangwasané kanggongalahaké para penggedhé sing padhamendem mau. Wong rosa kuwi tekanébakal kaya prahara, kaya grojogingudan, kaya banjir bandhang, lan bakalngerobi satanah kono kabèh.3Kaluhurané para penggedhé singmendem mau bakal diiles-iles,

Page 588: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 28.4–9 874 lan bakal layu sarta sirna kaya sirnanéwoh ara sing mateng dhisik ing mangsapanèn, merga mesthi diundhuh landipangan sawisé mateng.5 Ing wektu kuwi Pangéran bakal kayamakutha saka kembang sing éndahtumrap umaté sing kari.6Panjenengané bakal paring rohkeadilan marang para hakim, lan rohkekendelan marang sing padha jagagapuraning kutha.7Para nabi lan para imam pisaniya padha mendem, nganti lakunésempoyongan. Merga kakèhan ngombéanggur lan arak mula pikirané padhabingung ora karu-karuwan. Para nabinésaking mendemé nganti ora ngertimaknané wahyu sing kaparingakédéning Allah, lan para imam sakingmendemé nganti ora bisa mutusaképrekara sing diladèkaké supaya diputusi.8Méja sing ana ing ngarepé kebakutah-utahané lan rereged, nganti oraana panggonan sing resik.9Wong-wong mau padha nggresahngrasani aku mengkéné, "Wongkuwi mulang sapa? Sapa sing butuh

Page 589: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 28.10–15 88

piwulangé? Kuwi rak mung kanggobocah sapihan.10Karepé arep mulang kita saaksara-saaksara, sagaris-sagaris, sapérangan-sapérangan."11Aku banjur muni mengkéné, "Yènkowé ora gelem ngrungokaké aku, GustiAllah bakal nggunakaké wong mancakanggo mulang kowé nganggo basamanca.12Gusti Allah paring panglipur lanpengasoan marang kowé, nangingkoktampik, ora kokrungokaké.13Mulané Panjenengané bakal mulangkowé saaksara-saaksara, lan sagaris-sagaris, lan sapérangan-sapérangan.Kowé banjur bakal kesandhung, sabenkowé njangkah. Kowé bakal ketaton landiiles-iles sarta ditawan."14Mulané hé wong gemunggung singpadha dadi penggedhé, sing ngerèhrakyat ing Yérusalèm, padha rungoknapangandikané Allah.15Swaramu angkuh, kandha yèn kowéwis gawé prejanjian karo pati lan wisrukunan karo donyané wong mati. Kowéyakin yèn ora bakal ketekan paukuman,

Page 590: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 28.16–21 89

merga kowé njagakaké enggonmu pintergoroh lan apus-apus.16Mengkéné pangandikané PangéranAllah Kang Mahakwasa, "Ing SionAku masang pondhasi sing kuwat lansentosa. Ing pondhasi mau Dakpasangiwatu pojokan sing katulisan, ‘Sing sapaprecaya ora bakal gugup.’17Keadilan Dakdadèkaké tali kanggongukur lan sing Dakdadèkaké tali sipatkabeneran." Udan ès bakal nyapu sakèhégoroh sing kokendelaké, lan banjir bakalnyirnakaké katentremanmu.18Prejanjianmu karo pati bakal buyar,lan rukunanmu karo donyané wong matibakal batal. Samasa paukumané tekakowé bakal mati diiles-iles.19Paukuman mau saben-saben bakalnekani kowé, ajeg saben ésuk. Kowébakal ngrasakaké giris rina lan wengi.Saben wangsit saka Pangéran bakalnekakaké panyiksa marang kowé!20Kowé bakal ngalami kaya wong ingWulang Bebasan sing arep ngaso ingpeturon, nanging jujul kanggo slonjor;arep kemulan, nanging kemulé cupet.21Pangéran bakal nglawan, kayapatrapé nalika perang ana ing Gunung

Page 591: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 28.22–27 90

Perasim lan ana ing Lebak Gibéon,nindakaké apa sing dadi kersané,senajan pendamelé mau katoné anèh.Panjenengané bakal ngrampungaképakaryané, pakaryané kang élok.22Kowé aja nggeguyu pepélingkumarang kowé iki! Yèn kowé meksanggeguyu, kowé malah saya ora bisaoncat. Aku wis krungu putusané AllahKang Mahakwasa sing arep numpessanegara kabèh.23Rungokna tembungku. Gatèkna apasing dakkandhakaké iki.24Ora ana wong tani sing saben dinamung mluku lemahé waé lan nyawisakélemah mau kenaa ditanduri.25Sawisé lemahé digarap rak banjurnyebar winih jinten ireng lan jinten putih.Ing pinggiré disebari winih-winih liyané.26Wong tani mau ngerti apa sing kududilakoni, merga wis didhawuhi déningAllah.27 Jinten ireng ora digebug nganggopenthung gedhé lan jinten putih oradigiles nganggo gilingan. Jinten irengcukup digitik nganggo carang lan jintenputih nganggo welat tipis.

Page 592: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 28.28–29.5 9128Gandum ora diiles terus-terusannganti ajur, nanging cukup digilesnganggo gilingan grobag tanpa ngremukgandumé.29Kawicaksanan iki pinangkané sakaAllah Kang Mahakwasa. RancanganéAllah kuwi selawasé tliti lan kelakonéélok.

291Yérusalèm, mesbèhé Allahpiyambak, bakal diukum! Negara

tilas panggonané Dawud masangkémah, bakal diukum! Sajroné rongtaun iki wong karebèn nerusaké olèhénganakaké pésta-pésta lan kraméan,2nanging sawisé kuwi Allah bakalnekakaké paukuman ing kutha singdisebut: Mesbèhé Allah. Ing kono bakalana tangis lan pesambat, lan sakuthakabèh bakal kaya mesbèh gluprut getih.3Gusti Allah bakal nyerang kutha mau,dikepung lan dikubengi menara pejagan.4Yérusalèm bakal kaya rohé wong ingkuburan, sing nywara lirih saka njerolemah.5Yérusalèm, sakèhé wong manca singnyerang kowé bakal disebul kaya bleduglan tentarané sing nggegirisi bakal kaburkaya mrambut.

Page 593: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 29.6–10 926Dumadakan ora kanyana-nyanaAllah bakal ngluwari kowé lantarangludhug lan lindhu. Panjenengané bakalnekakaké prahara lan bledhèg,7mula sakèhing tentarané mungsuhsaka ngamanca sing nyerang kuthamesbèhé Allah bakal sirna, malahgegaman lan praboting perangé, kabèhmusna kaya rerupan ing impèn, ingwayah bengi.8Bangsa-bangsa sing nglumpuk ingkono arep nyerang Yérusalèm kuwikaya wong padha kaliren sing ngimpi,rumangsané lagi mangan, nangingbareng tangi isih tetep ngelih, utawakaya wong sing arep mati mergakasatan, rumangsané lagi ngombé,nanging bareng nglilir gorokané isihtetep garing.9Terus-terusna enggonmu ora weruhlan enggonmu wuta! Terusna enggonmumendem tanpa ngombé anggur, lanenggonmu mlaku sempoyongan tanpangombé arak.10Kowé digawé ngantuk déning Allah,kowé banjur bakal rubuh lan turu kepati.Nabi-nabi kuwi mesthiné dadi mripaté

Page 594: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 29.11–15 93

umat, nanging wis digawé merem déningAllah.11Dadi kowé ora ngerti tegesé wahyusing diwangsitaké marang nabi, sebabkaaling-alingan, presasat kitab singditutup lan disègel. Yèn kitab maukokkon macakaké wong liya, wong maumuni, ‘Aku ora bisa maca, sebab Kitabiki disègel.’12Yèn kitab mau kokgawa kanggo wongsing ora bisa maca, wong mau bakalmuni, ‘Aku ora bisa maca.’13Gusti Allah ngandika, "Bangsa ikirumangsané nyembah Aku, nangingmung lelamisan. Atiné ngedohi Aku.Pangibadahé ora liya mung isi prenatanlan adat tata-cara gawéané manungsa,sing diapalaké.14Mulané Aku bakal gawé kaélokanmarang bangsa iki lan gawé gumuné.Kawicaksanané wong-wongé sing ngakuwicaksana bakal sirna, lan sakèhékapinterané bakal tanpa guna."15Wong sing ngumpetaké rancanganéana ing ngarsané Allah bakal cilaka.Wong-wong mau padha nindakakérancangané kanthi sesidheman lan

Page 595: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 29.16–21 94

rumangsané ora ana wong sing ngertiapa sing padha dilakoni.16Kuwi wong keblinger. Endi sing luwihpenting, grabah apa kundhi sing gawégrabah? Apa gawéané manungsa bisamuni karo sing gawé, "Dudu kowé singgawé aku!" Utawa, "Kowé ora ngerti apasing koktindakaké!"17Ana paribasan: "Alas bakal malih dadikebonan, lan kebonan bali dadi alas."18 Ing dina kuwi wong budheg bakalkrungu pamecané kitab kalawan sora,lan wong wuta sing ana ing petengan,bakal bisa ndeleng.19Wong mlarat lan wong sing lembahatiné bakal ngalami kabegjan lankasenengan menèh, sing diparingakédéning Pangéran, Allahé Israèl.20Wong sing gawéné nyiya-nyiyapepadhané wis ora ana, semono ugawong sing nyepèlèkaké Allah. Sakèhéwong dosa bakal katumpes.21Allah bakal numpes sakèhé wongsing mitenah pepadhané, iya sakèhéwong sing ngalang-alangi wongduraka diukum, lan sakèhé wongsing ngalang-alangi wong mursid olèhkeadilan.

Page 596: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 29.22–30.2 9522Pangéran Allahé Israèl sing ngluwariAbraham saka karupekané ngandika,"Umat-Ku bakal ora ngalami kwiranganmenèh, lan rainé bakal ora pucet mergaisin.23Yèn kowé ndeleng anak-turunmupeparing-Ku, kowé bakal ngakoni yènAku iki Kang Mahasuci, Allahé Israèl.Kowé bakal ngurmati Aku lan ngabektimarang Aku.24Wong sing buntet budiné bakal padhaolèh kawruh, lan wong sing gawénéngedumel bakal nanggapi piwulang."

301Gusti Allah wis ngandika, "Sapasing ngerèh Yéhuda bakal kena

paukuman, merga wis mbrontak Aku.Sebab padha nindakaké rancangansing dudu gawéan-Ku, lan padhanandha-tangani prejanjian sing oraDakkersakaké, sarta padha numpukdosa ora lèrèn-lèrèn.2Padha lunga menyang tanah Mesirgolèk pengayoman, tanpa nyuwunpamrayoga marang Aku. Padha kepéngindiayomi déning Mesir, dadi padhangendelaké Mesir.

Page 597: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 30.3–9 963Nanging Firaun ora duwé daya kanggomitulungi, lan pengayomané Mesir kuwibakal gawé wirangmu.4Senajan para utusan wis tekankutha-kutha Zoan lan Hanès ing Mesir,5nanging wong Yéhuda bakal getundéné padha ngendelaké bangsa singora kena diprecaya, bangsa singora keconggah mitulungi samasadibutuhaké."6Pangandikané Gusti Allah bab kéwan-kéwan ing ara-ara samun sisih Kidulmengkéné, "Para utusan padha lelunganmenyang negara sing kebak bebaya,negara sing akèh singané, akèh ulanémandi lan naga sing bisa mabur. Kuldinélan untané padha dimomoti hadiah singregané larang-larang, kanggo bangsasing ora bakal bisa mènèhi pitulungan.7Pitulungané Mesir kuwi ora misra.Mulané Mesir Dakjenengaké ‘Naga singora mbebayani!’"8Aku didhawuhi déning Allah nuliskepriyé kaanané bangsa iki, supaya anaacathetan bab gedhéning pialané.9Bangsa kuwi selawasé mbrontakmarang Allah, selawasé dhemen gorohlan nampik piwulangé Allah.

Page 598: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 30.10–15 9710Nabi-nabi dikon meneng waé,kandhané, "Kowé aja kandha babkabeneran. Kowé munia apa singdakkarepaké. Aku kepéngin urip karopengangen-angenku dhéwé.11Sumingkira saka kéné lan ajangalang-alangi dalanku. Aku ora sudikrungu bab Allahmu sing kokarani AllahéIsraèl."12Nanging Pangéran Allahé Israèlngandika mengkéné, "Sarèhné kowéora nggugu tembung-Ku lan nggugutembungé wong jahat lan cidra,13mulané kowé salah. Kowé kuwi kayatémbok sing bengkah wiwit saka ngisormendhuwur, lan bakal rubuh dadakan.14Kowé bakal remuk ajur kaya grabahsaka lemah, nganti remukané ora kenakanggo madhahi mawa,j utawa kanggonyidhuk banyu saka genthong."15Pangandikané Pangéran AllahKang Mahakwasa marang umat maumengkéné, "Bisamu slamet kuwi sranamratobat lan pasrah sumarah marangAku, mula atimu bakal ayem lan kowébakal dadi sentosa."

jmawa: wongwa tegesipun: geni areng ingkangmengangah (bara, bhs. Ind.).

Page 599: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 30.16–19 9816Nanging kowé ora gelem tumindakmengkono. Kandhamu, "Aku dakoncatisaka mungsuh, daknunggang jaran singrikat playuné." Kowé bener, sebab kowéora bisa nindakaké liya kejaba oncatkabur. Apa kokkira jaranmu luwih banterplayuné ketimbang karo sing ngoyakkowé?17Wong sèwu ing antaramu bakalkeplayu ngithar samasa weruh prejuritmungsuh siji waé, lan tentara mungsuhlima waé wis cukup kanggo gawé kowékeplayu kabèh. Tentaramu lan prabotébakal ora ana sing kari kejaba gendérasing ana ing pucuké punthuk!18Éwasemono Gusti Allah adrengenggoné arep maringaké sih-rahmatémarang kowé. Panjenengané selawasénindakaké kawelasan, mulané kumudu-kudu melasi kowé. Begja wong singngandel marang Allah.19Hé wong sing padha manggon ingYérusalèm, kowé bakal ora nangismenèh. Panjenengané kuwi gedhé sih-rahmaté; samasa mireng pesambatmunyuwun tulung, mesthi bakal paringwangsulan.

Page 600: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 30.20–26 9920Senajan kowé diparingi kasusahanakèh, nanging Panjenengané piyambakana ing sacedhakmu, memulangmarang kowé. Kowé ora susah nggolèkiPanjenengané menèh.21Yèn lakumu nyimpang saka dalan,ngiwa utawa nengen, kowé bakal krunguswarané ing mburimu, ngandika, "Ikidalané. Mlakua ing kono."22Kowé bakal nganggep najis reca-recamu sing lapis slaka lan sing lapisemas, kuwi kabèh bakal kokbuwang dadibarang najis, karo muni, "Sumingkira!"23Yèn kowé nyebar gandum, GustiAllah bakal nekakaké udan, supayawiji mau thukul, lan metokaké wohakèh. Raja-kayamu bakal olèh pangonanjembar.24Sapi lanang lan kuldi sing kokenggomluku lemahmu bakal ora kurangpangan sing pilihan.25Nalika mungsuh-mungsuhmu kalahperangé lan ditawan sarta balanédipatèni kabèh, ing kono bakal anakali-kali sing mili saka gunung-gunung.26Rembulan padhangé bakal kayasrengéngé, lan padhangé srengéngébakal tikel pituné adaté, kaya padhang

Page 601: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 30.27–30 100

pitung dina didadèkaké siji. Iki kabèhbakal kelakon samasa Pangéranmblebedi tatuné umaté sarta marasakébiluré jalaran enggoné digebugi.27Pangwasa lan kamulyané Allah bakalkaton saka kadohan. Geni lan kukussing dadi pretandhaning paukumané.Pangandikané presasat geni.28Angin lésus ndhisiki tindaké kayabanjir bandhang sing ngéntirakésamubarang. Bangsa-bangsa disaputapis dadi rusak, lan piala sing dirancangdibuyaraké.29Nanging kowé, hé umaté Allah,bakal padha bungah-bungah lan padhamemuji kaya ana ing kraméan dina riaya.Enggonmu bungah-bungah kaya wongsing mlaku ing arak-arakan menyangPedalemané Allah, pangungsèné Israèl,kairing déning swaraning suling.30Saben wong bakal krungu sebawanék

Gusti Allah kang nggegirisi, nganti padhangrasakaké panasing paukuman. Ingkono bakal ana urubing geni, udan singderes banget, udan wohl lan sentoringbanyu.

ksebawa: swanten..ludan sebawa: swanten. ès.

Page 602: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 30.31–31.2 10131Wong Asyur bakal miris atiné samasakrungu sebawaning Pangéran lanngrasakaké panyiksané astané.32Panggebagé Allah mau tekanémarambah-rambah, dibarengi swaraningmusik tambur lan clempung déningumaté, Gusti Allah piyambak kangperang nglawan bangsa Asyur.33Ana panggonan sing wis suwédicawisaké kanggo ngobong raja Asyur.Panggonan mau jero lan amba kebaktumpukan kayu. Kayuné bakal disumedsrana napasé Pangéran sing metokakébanjir, geni lan lirang.

311Wong sing padha mangkatmenyang Mesir njaluk tulung

bakal cilaka! Wong-wong mau padhangendelaké kekuwatané Mesir: jarané,krétané perang lan prejurit-prejurité.Nanging padha ora ngendelaké Pangéran,Allahé Israèl Kang Mahakwasa. Padhaora nyuwun pitulungané.2Panjenengané pirsa apa sing bakalditindakaké! Panjenengané nekakakékarusakan, numpes wong durakalan wong sing padha rujuk karopenggawéné.

Page 603: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 31.3–7 1023Wong Mesir kuwi dudu Allah —nanging mung manungsa lumrah.Jarané ora duwé kasektèn. SamasaAllah tumindak, bangsa sing gedhépangwasané mau bakal ajur mumur,lan bangsa sing ditulungi bakal ambruk.Karo-karoné bakal tumpes.4Pangandikané Pangéran marangaku mengkéné, "Senajan wong angonbengak-bengok sakayangé, ora bakalbisa nggusah singa sing mangsawedhusé. Semono uga ora ana singbisa ngalang-alangi enggon-Ku ngayomiGunung Sion, mengkono pangandikanéAllah Kang Mahakwasa.5Kaya manuk sing nglayang ingsandhuwuré susuhé ngreksa anak-anaké, mengkono uga Pangéran AllahKang Mahakwasa enggoné ngreksa lanngayomi Yérusalèm."6Pangandikané Pangéran, "Hé wongIsraèl, kowé wis padha gawé dosamarang Aku lan nglawan Aku, nangingsaiki padha mratobata, padha balia!7Bakal tekan wektuné kowé kabèhpadha mbuwang reca-recané brahalamu,sing dilapis slaka lan emas.

Page 604: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 31.8–32.4 1038Asyur bakal katumpes nganggoperang, nanging ora srana kekuwatanémanungsa. Wong Asyur bakal keplayuninggal peprangan, lan para nonomanébakal didadèkaké batur-tukon.9Rajané saka girisé bakal keplayu lanpara perwirané saka wediné bakal padhaninggal umbul-umbulé." Mengkonopangandikané Pangéran Allah KangMahakwasa, sing disembah lan kacaosankurban ing Yérusalèm.

321Bakal ana raja jumeneng lannindakaké keadilan, sarta para

penggedhé ing negara mau bakal ngerèhkanthi jujur.2Saben penggedhé dadi pengayomanérakyat samasa katempuh ing angin, landadi pangungsèn samasa ana prahara.Para penggedhé mau presasat kali singmili ing ara-ara samun, kaya gunungkarang ngaubi tanah cengkar singgaring.3Mripaté tansah ngawasaké, lankupingé ngrungokaké kebutuhanérakyat.4Ora bakal tumindak grusa-grusu,nanging kanthi kawicaksanan. Apa singdiucapaké ya mengkono sing dikarepaké.

Page 605: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 32.5–11 1045Wong tanpa budi bakal ora disebutsatriya, lan wong culika ora disebut jujur.6Wong tanpa budi omonganéngayawara lan sing diangen-angenmung bab enggoné arep gawé piala.Satembung-tembungé lan sasolah-tingkahé nyewiyah Gusti Allah. Wongkaliren ora diwènèhi mangan lan wongngelak ora diwènèhi ngombé.7Wong gemblung kuwi wong ala,mula penggawéné ala kabèh. Singdiangen-angen mung olèhé arep ngrusakwong mlarat srana apus-apus, lannyegah wong mlarat supaya ora olèhkeadilan.8Nanging wong sing luhur budiné, jujurlan gondhèlan kabeneran.9Hé para wong wadon sing uripé ayem,sarwa kecukupan, rungokna tembungku!10Saiki kowé padha ayem-ayem,nanging taun ngarep ing wektu kayangéné iki atimu bakal semplah, mergapanèné anggur wurung.11Sepréné uripmu kepénak lansarwa kecukupan, nanging saiki padhagemetera! Sandhanganmu suwèken lannganggoa bagor.

Page 606: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 32.12–18 10512Padha ngelusa dhadha merga susah,sebab sawah-sawah sing subur lankebon-kebon anggur bakal padhadirusak.13Sing thukul ana ing lemahé umat-Kumung eri lan rerungkudan. Padha tangiana brayat sing tentrem uripé lan kuthasing kebak kraméan iki.14Sebab kedhatoné Sang Prabu bakalsuwung lan kutha krajan bakal dadisepi. Omah-omah lan bètèng-bètèngsing ngreksa kutha bakal dadi jugruganselawas-lawasé. Kuldi alasan bakalsaba lan wedhus-wedhus bakal padhanyenggut ing pasuketan kono.15Nanging Gusti Allah bakal ngesokakéRohé menèh. Lemah sing cengkarbakal dadi loh, lan sawah-sawah bakalngetokaké panèn akèh.16Sanegara kabèh bakal kanggonankabeneran lan keadilan.17Sebab saben wong bakal nindakakékabeneran, mula saenggon-enggonbakal ana katentreman langgeng.18Umaté Allah bakal padha orasumelang, lan brayaté bakal ngalamitentrem rahayu. (Alas-alas bakalkarusak, lan kuthané kajugrugaké.)

Page 607: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 32.19–33.5 10619Saben wong bakal bungah, sebabtanduran-tanduran bakal padha olèhbanyu akèh lan ing ngendi-endi anapanggonan kanggo kuldi lan raja-kayaliya-liyané. Nanging mungsuhmubakal kaya alas sing diudani watu, lankutha-kuthané bakal digempur.20 (32:19)

331Mungsuh-mungsuh kita bakalpadha nampa paukuman! Padha

kaya dirampog lan kapusan, senajanora ana sing ngrampog lan ora anasing ngapusi. Sebab wektuné ngrampoglan ngapusi wis rampung, lan dhèwèkédhéwé bakal dadi kurban rampogan lanapus-apusan.2Dhuh Allah, mugi melasi kawula.Kawula sami njagèkaken Paduka. Sabendinten kawula mugi Paduka reksa lankaentasna ing mangsa karibedan.3Menawi Paduka perang kanggékawula, bangsa-bangsa badhé samikeplajeng margi gemuruhing peprangan.4Barang darbèkipun badhé dipun serbulan dipun jarah-rayah.5 Iba ageng kaluhuranipun Allah!Panjenengané ngwasani samubarang.

Page 608: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 33.6–12 107

Panjenengané bakal ngebaki Yérusalèmnganggo kabeneran lan keadilan,6 sarta paring kabegjan marang umaté.Umaté bakal direksa sarta diparingikawicaksanan lan kawruh. Pangabektimarang Allah bakal dadi kasugihané.7Para perwira bakal padha sambat-sambat njaluk tulung. Para utusan kangnjaluk rukun padha nangis kelara-lara.8 Ing dalan-dalan gedhé bakal akèhbebayané, nganti wong padha wediliwat kono. Prejanjian-prejanjian bakaldiblénjani; ora ana wong sing digugu.9Lemah padha bera lan ditinggalsuwung. Alas-alasé Libanon padha alum;Lebak Saron sing loh malih dadi ara-arasamun. Ing Basan lan ing GunungKarmèl godhongé wit padha gogrog.10Pangandikané Allah marang parabangsa, "Saiki Aku bakal tumindak. Akubakal nedahaké gedhéné pangwasa-Ku.11Rancanganmu ora ana gunané,lan sapenggawému ora ana paédahé.Roh-Ku kaya geni sing memangsa lannumpes kowé.12Kowé bakal remuk kaya watugamping sing diobong kanggo gawékapur, kaya eri sing diobong dadi awu.

Page 609: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 33.13–18 10813Sakèhé wong sing adoh utawacedhak padha sumurupa apa singwis Daktindakaké, lan ngakonanapangwasa-Ku."14Wong ing Sion padha gawé dosapadha gemeter, pangucapé, "KeadilanéAllah kuwi kaya geni sing murub singora sirep ing selawasé. Sapa sing betahngadhepi geni sing kaya mengkono?"15Wong sing betah yakuwi wong singnglakoni kabeneran lan sing jujur.Pangwasamu aja kokenggo nganiayawong miskin lan kowé aja nampanibesel. Aja rerukunan karo wong singngrerancang gawé pati, utawa pialaliyané.16Yèn mengkono kowé bakal slamet.Kowé bakal krasa tentrem kaya wongsing ana ing bètèng sentosa. Kowébakal ora kekurangan pangan lanombèn-ombèn.17Mbésuk kowé bakal ndeleng rajakang ngampil kamulyan ngerèh negarasing gedhé.18Biyèn kowé wedi banget yènketekan tukang pajegé penjajah lanmata-matané; prekara kuwi bakal orakokélingi menèh.

Page 610: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 33.19–34.1 10919Kowé bakal ora ndeleng menèhpenjajah sing angkuh guneman nganggobasa sing ora kokngertèni tegesé.20Delengen Sion, kutha panggonankita mèngeti dina-dina riaya agama.Delengen Yérusalèm! Iba aman lansentosané kutha kuwi. Kaya kémah singora bakal dielih, sing pathoké ora bakaldibedhol lan tali-taliné ora bakal diuculi.21Pangéran bakal ngetingalakékaluhurané. Kita bakal nyandhing kali lankali akèh, nanging bakal ora ana praunémungsuh sing lelayaran ing kono.22Tali-talining prau bakal ora kanggo.Layar-layaré ora prelu dijèrèng! Raja-branané mungsuh bakal kita rampaskabèh. Saking akèhé nganti wonglumpuh waé bisa olèh panduman.Pangéran piyambak sing bakal dadi rajakita. Panjenengané bakal ngerèh kita.23 (33:22)24 Ing tanah kita kono bakal ora anawong lara, lan sakèhé dosa bakaldiapura.

341Hé para umat, padha majua!Padha ngumpula lan ngrungokna!

Sakèhé wong kang ana ing bumi, padhamajua lan ngrungokna.

Page 611: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 34.2–8 1102Pangéran duka marang para umat, lanmarang para angkatan perangé. Kabèhwis padha kadhawahan paukuman.3 Jisimé bakal ora dikubur, gemléthaknganti bosok lan mambu. Punthuk-punthuk bakal dadi abang merga déninggetih.4Srengéngé, rembulan lan lintang-lintang sirna, langit digulung kayakertas. Lintang-lintang bakal rontogkaya godhong sing gogrog saka wité.5Gusti Allah wis nyawisaké pedhangéana ing swarga, lan bakal tumulinggebag Édom, bangsa sing wis ditibanipaukuman karusakan.6Pedhangé bakal gluput getih langajih, kaya getih lan gajihé wedhus singdienggo kurban. Pangéran bakal ngastakurban iki ana ing Bozra. Panjenenganébakal nganakaké pasembelèhan gedhènana ing tanah Édom.7 Ing kono wong-wong bakal padhaambruk kaya sapi lan kebo lanang. Bumibakal dadi abang merga saka getih langajih sing kawutahaké ana ing kono.8Yakuwi wektuné Pangéran ngluwariSion lan males mungsuh-mungsuhé.

Page 612: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 34.9–15 1119Kali-kaliné Édom bakal malih dadi tirlan lemahé dadi lirang. Satanah konokabèh bakal kobong kaya tir.10Bakal murub rina lan wengi, lankukusé bakal kemelun ing selawas-lawasé. Buminé bakal bera pirang-pirangabad lawasé. Ora ana wong sing gelemliwat kono menèh.11Manuk beluk lan gagak bakal gentènmanggon ing kono. Gusti Allah bakalmbalèkaké tanah kono kaya kaananéjagad nalika durung dititahaké.12Ora ana raja sing ngratoni tanahkono, lan para penggedhéné bakal oraana kabèh.13Mung eri lan bebondhotan bakalthukul ing kedhaton-kedhaton lan ingkutha-kutha sing dikubengi témbok-témbok. Asu ajag lan manuk beluk bakalpadha manggon ing kono.14Kéwan galak bakal padha sabamrono, lan para dhemit padha saban-sinaban. Dhemit sing metu bengi nemupanggonané kanggo ngaso.15Manuk beluk bakal nusuh, ngendhoglan ngengremi piyiké, sarta diopèni.Mengkono uga manuk beri iya bakalpadha nglumpuk mrono.

Page 613: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 34.16–35.3 11216Tlitinen lan wacanen ing KitabéPangéran bab titah-titah sing urip; apasing disebut ana ing kono. Kéwan ikikabèh bakal ana ing kono, lan ora anasiji-sijia sing ora ana kancané. Kuwiwis dadi kersané Allah; Panjenenganépiyambak kang nggathukaké para titahmau.17Pangéran piyambak sing andumtanah marang saben titah dadipandumané. Para titah mau bakal padhanampani pandumané lan manggon ingkono turun-temurun.

351Ara-ara lan lemah mati bakalpadha bungah-bungah, lan

kembang-kembang padha megar ingara-ara samun.2Kaya kembang mawar sing abyormegar bebarengan, mengkono enggonépadha surak-surak saka bungahé.Éndahé kaya Gunung Libanon, lansuburé kaya Lebak Karmèl lan Saron.Saben wong bakal nyawang kamulyanéPangéran, kaluhurané lan pangwasané.3Tangan sing lemes ora bisa ngglawatpadha kuwatna, lan dhengkul singthéklok padha jejegna.

Page 614: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 35.4–10 1134Saben wong sing semplah atinékandhanana, "Sing tatag lan aja wedi!Pangéran bakal rawuh mitulungi kowé,lan bakal nggebag para mungsuhmu."5Wong wuta bakal bisa ndeleng, wongbudheg bakal bisa krungu.6Wong lumpuh bakal mlumpat kayamenjangan, wong bisu bisa surak-surak,ing segara wedhi bakal metu banyuné,lan kali-kali bakal mili ana ing ara-arasamun.7Tanah sing panas mau bakal malihdadi tlaga, lan lemah sing garing bakalmetokaké tuk pirang-pirang. Panggonansing lumrahé dienggoni asu ajag, bakalkethukulan suket lan glagah.8 Ing kono bakal ana dalané gedhé singkaran, "Dalaning Kasucèn." Wong dosaora bakal ngambah dalan kuwi, lan bakalora ana wong tanpa-budi sing nasarakéwong sing ngambah dalan mau.9 Ing kono bakal ora ana singané, lankéwan galak liyané iya ora saba ingkono. Wong sing padha dislametakédéning Pangéran bakal padha ngambahdalan kuwi.10Wong-wong mau bakal teka ingYérusalèm kanthi bungah, karo memuji

Page 615: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 36.1–4 114

lan surak-surak. Selawasé bakal padhanemu kabegjan, lan sajegé bakal oranandhang prihatin lan kasusahan.

361Nalika Raja Hizkia enggonéjumeneng raja ing Yéhuda

nyandhak patbelas tauné, Sanhéribraja Asyur nyerang lan nelukakékutha-kuthané Yéhuda sing sentosa.2Sanhérib banjur ndhawuhi Rabsakèh,sénapatiné, budhal saka Lakhis menyangYérusalèm karo nggawa tentaraakèh, saprelu nemoni Raja Hizkia,supaya gelema teluk. Para perwiranéRabsakèh mau padha ngadeg ing dalan,panggonané tukang tenun, sacedhakéslokan sing ngilèkaké banyu sakablumbang ing dhuwur.3Ana ing kono para perwira maudipethukaké déning utusané Hizkia,yakuwi Èlyakim bin Hilkia, penggedhénékedhaton, lan Sèbna, sèkretaris negara,sarta Yoah bin Asaf, penggedhénékahartakan.m4Para perwira kandha yèn RajaSanhérib kepéngin pirsa apa singdiendelaké Raja Hizkia déné rumangsakuwat.

mkahartakan: juru-gedhong.-gedhong.

Page 616: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 36.5–8 1155Dhawuhé Sanhérib marang Hizkiamengkéné, "Apa kokkira tembungthok bisa nandhingi kekuwatan lanketrampilané tentara. Sapa sing manutpengiramu arep ngréwangi kowénglawan raja Asyur?6Apa kowé njagakaké pitulunganéwong Mesir, nanging kuwi presasatwong mlaku tekenan glagah. Glagahébakal tugel lan nyocog tanganmu. Yamengkono kuwi kaanané raja Mesir,bakal mung gawé gelané saben wongsing njagakaké pitulungané."7Para perwira Asyur mau kandhamenèh mengkéné, "Utawa, apa kowéngendelaké Pangéran Allahmu? Apa kuwidudu Allah sing papané ing punthuk-punthuk lan mesbèh-mesbèh singwis dirusak déning Hizkia. Lan banjurakon wong Yéhuda lan wong-wonging Yérusalèm supaya padha sujud ingngarepé mesbèh siji waé.8Wis, saiki atas asmané Sang PrabuSanhérib aku ngajak totohan karo kowé.Kowé bakal dakwènèhi jaran rong èwu,angger kowé bisa nganakaké wong singnunggangi.

Page 617: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 36.9–13 1169Kowé dudu tandhingé prejurit Asyur,senajan prejurit mung sing asor dhéwépangkaté. Éwasemono kowé ngarep-arep kréta perang lan jaran saka wongMesir.10Apa kokkira enggonku nyerangnegaramu lan dakiles-iles kuwi ora ataskersané Pangéran Allahmu piyambaksing ndhawuhi aku supaya nyerang lanngrusak negaramu."11Èlyakim, Sèbna lan Yoah banjurkandha karo Rabsakèh mengkéné,"Kula aturi ngandika mawi basa Aramkémawon, kula sami ngertos. Sampunmawi basa Ibrani, mindhak tiyang-tiyangingkang sami ngadeg ing témbok menikasami ngertos."12Wangsulané Rabsakèh, "Apa kokkiraaku mung kautus nemoni kowé lanrajamu thok? Ora, aku iya kandha karorakyat sing padha nglésod ing bètèngkuwi, sing sedhéla menèh bakal mangankotorané dhéwé lan ngombé uyuhé, orabéda karo kowé dhéwé."13Para perwira Asyur mau banjurkandha nganggo basa Ibrani,"Pangandikané raja Asyur marangkowé mengkéné,

Page 618: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 36.14–19 11714 ‘Kowé aja padha kena diapusi Hizkia.Hizkia ora bisa mitulungi kowé.15Lan kowé aja gelem dibujuk, dikonprecaya marang Gusti Allah. Aja ngirayèn Gusti Allah bisa nylametaké kowélan bisa nyegah tentara Asyur nelukakékuthamu.16Aja ngrungokaké kandhané Hizkia!Raja Asyur dhawuh, supaya kowé padhametu saka kutha lan padha teluka. Kowébakal diparengaké mangan wohé witanggur lan wit anjirmu, sarta ngombébanyu saka kulahmu dhéwé,17nganti tekan titimangsané SangPrabu Asyur mapanaké kowé ing tanahsing akèh èmperé karo tanahmu iki.Ana kebon angguré sing peresané kenakokombé lan gandum sing kena kokgawéroti.18Aja kena diapusi Hizkia, sing kandhayèn kowé bakal diluwari déning Allah.Apa ana allahé bangsa-bangsa singbisa ngluwari bangsa-bangsa mau sakatangané raja Asyur?19Ana ing endi allahé Hamat lan Arpad?Endi allahé Séfarwaim? Apa allah-allahmau ngluwari Samaria?

Page 619: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 36.20–37.3 11820Apa ana allah-allahé bangsa-bangsamau sing bisa ngluwari negarané sakatangané Sanhérib? Apa kokkira Pangéranbakal mitulungi Yérusalèm?’"21Rakyat padha meneng waé, kayapiwelingé Raja Hizkia; ora ana sing munisakecap-kecapa.22Èlyakim, Sèbna lan Yoah merga sakasedhihé padha nyuwèk sandhangané,banjur padha séba ing ngarsané SangRaja Hizkia, ngaturi pirsa apa singdikandhakaké déning para utusanéSanhérib, raja Asyur.

371Bareng Sang Raja Hizkiamidhanget laporané Èlyakim

sakancané, banjur nyuwèk agemané lantindak menyang Pedalemané Allah.2Èlyakim, penggedhéné kedhaton,Sèbna, sèkretaris negara lanpenggedhéné para imam diutusnemoni Yésaya bin Amos. Wong-wongmau padha nganggo bagor.3Welingé Sang Prabu marang Yésayamengkéné, "Dinten menika dinteningkasisahan. Kita dipun gebag déning Allahlan dipun kawonaken. Kita kados tiyangèstri ingkang badhé nglairaken, nangingmboten gadhah kekiyatan kanggé uwat.

Page 620: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 37.4–8 1194Raja Asyur sampun ngutus perwira-perwira pangkat inggil, ingkang samingawon-awon dhateng asmanipunAllah, ingkang sipat gesang. Mugi-mugiAllah panjenengan miyarsakakenpanyenyamah wau sarta ngukum tiyangingkang ngucapaken. Panjenengan kulaaturi ndongakaken rakyat ingkang taksihkantun gesang."5Bareng mireng welingé Raja Hizkiamau,6Yésaya banjur ndhawuhi utusanmau bali sowan ing ngarsané SangPrabu menèh, karo dingandikanimengkéné, "Pangéran dhawuh supadospanjenenganipun Sang Prabu mbotenajrih dhateng tembungipun raja Asyur,ingkang criyos bilih Allah mboten sagedngluwari panjenengan.7Allah badhé ndhatengaken swantengemuruh, ingkang njalari raja Asyurbadhé wangsul dhateng negarinipun.Sesampunipun dumugi ing ngrika rajawau badhé dipun pejahi déning Allah."8Para utusané raja Asyur krungu yènSang Prabu wis nilar Lakhis lan nyerangkutha Libna, sing ora adoh saka kono.

Page 621: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 37.9–14 120

Mulané para utusan mau padha sowanSang Prabu nyuwun pitedahé.9Nanging wong Asyur krungu kabar,yèn tentara Mesir teka, dipimpin déningRaja Tirhakah saka Sudan, arep nyerangtentara Asyur. Bareng mireng singmengkono mau raja Asyur banjur kirimlayang marang Raja Hizkia mengkéné,10 "Kowé olèh ketrangan saka Allah singkoksembah, yèn bakal ngluwari kowé.Nanging kowé aja kena diapusi.11Kowé wis ngerti apa sing ditindakakédéning raja Asyur marang negara singditelukaké. Apa kokkira kowé bakal bisaoncat?12Leluhurku wis padha nggempurkutha-kutha Gozan, Haran lan Rèsèfsarta matèni wong-wong Bèt-Èden, singmanggon ing Telasar, lan ora ana allahésiji waé sing bisa ngluwari wong-wongmau.13Endi saiki raja-rajané kutha Hamat,Arpad, Séfarwaim, Héna lan Iwa?"14Raja Hizkia sawisé nampani layangmau diwaca, banjur tindak menyangPedalemané Allah. Layang mau dijèrèngana ing ngarsané Allah.

Page 622: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 37.15–20 12115Raja Hizkia ndedonga marang Allah,unjuké,16 "Dhuh Pangéran, Allahipun IsraèlIngkang Mahakwasa, ingkang pinaraking dhampar sinanggi déning swiwiningkérub. Paduka piyambak ingkangjumeneng Allah, ingkang mengkusakathahing kraton ing donya. Padukaingkang nitahaken bumi lan langit.17Dhuh Allah, mugi miyarsakaken aturkawula, sarta mirsanana kedadosaningkang sami kawula alami. Kersaamiyarsakaken sedaya tembungpengawon-awon ingkang dipunucapaken déning Sanhérib dhatengPaduka, Allah ingkang sipat gesang.18Kawula sami mangertos, dhuh Allah,bilih para raja Asyur sampun numpesbangsa pinten-pinten sarta ngrisaknegari-negarinipun.19Tuwin mbesmi brahala-brahalanipun,mergi menika pancèn sanès allah,namung barang saking kajeng lan séladamelaning tanganipun manungsa.20Dhuh Allah, ingkang menika kawulamugi Paduka luwari saking tanganipuntiyang Asyur, supados sakathahingkraton sajagad sami sumerep bilih

Page 623: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 37.21–25 122

namung Paduka piyambak ingkangjumeneng Allah."21Kecrita Yésaya bin Amos banjurutusan matur marang Raja Hizkiamengkéné, "Dhawuhipun Pangéranmekaten, ‘Kang koksuwun ingpandongamu marang Aku ingngatasé Sanhérib, raja ing Asyur,wis Dakpiyarsakaké.’22Dhawuhipun Gusti Allah dhatengSanhérib mekaten, ‘Sanhérib, kowémung digeguyu lan disepèlèkaké déningwong Yérusalèm.23Rumangsamu sing kokwewada lankokala-ala kuwi sapa? Ora liya KangMahasuci, Allahé Israèl.24Lantaran wong-wong kongkonanmukowé ngumukaké yèn srana krétaperangmu kowé wis munggah tekanpucaké Gunung Libanon sing dhuwurdhéwé. Kowé ngumukaké enggonmu wisngrubuhaké wit sédar sing gedhé dhéwélan mbabadi wit èrès, malah wis mlebuing alasé sing jero dhéwé.25Kowé ngumukaké enggonmu wisngedhuk sumur-sumur lan ngombébanyu ing tanah manca, lan tlapakané

Page 624: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 37.26–30 123

tentaramu wis ngidak-idak Bengawan Nilnganti garing.26Apa kowé ora krungu yèn kuwimau kabèh kelakoné merga Akusing ngrancang dhèk jaman sing wiskepungkur, lan saiki Daktindakaké. Akuwis paring pangwasa marang kowéngrubuhaké bètèngé kutha-kutha,supaya dadia jugrugan.27Bangsa-bangsa sing manggon anaing kono padha ora keconggah nglawan,mulané padha giris lan éram. Wong-wong mau kaya suket ing ara-ara utawathethukulan ing payon sing kebrongotdéning angin panas saka Wétan.28Nanging Aku pirsa kaananmu lanpenggawému sarta menyang endiparanmu. Aku pirsa yèn kowé nepsubanget karo Aku.29Aku wis miyarsa bab enggonmungamuk lan bab gemunggungmu, lansaiki Aku bakal masang keluh ana ingirungmu lan kendhali ing cangkemmu,sarta kowé bakal Dakulihaké metu dalansing kokambah nalika kowé teka.’"30Yésaya banjur munjuk marang RajaHizkia, "Tandhanipun bilih prekawis-prekawis wau badhé kelampahan

Page 625: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 37.31–34 124

menika mekaten: Taun menika lan taunngajeng tiyang badhé nedha gandumingkang thukul piyambak, nanging tauncandhakipun badhé sami saged nyebarsarta ngenèni gandum wau, saha nanemanggur lan nedha kismis.31Kekantunanipun Yéhuda ingkanggesang badhé ngrebda kados tanemaningkang lema, ingkang ngoyod ngantoslebet, sarta ngedalaken woh kathah.32 Ing Yérusalèm lan ing GunungSion badhé wonten tiyang ingkangoncat saking pejah, awit PangéranAllah Ingkang Mahakwasa ngersakakenmekaten."33 "Mekaten pangandikanipun Pangéraningatasipun Sanhérib raja ing Asyur:‘Sanhérib bakal ora mlebu kutha konolan ora nglepasaké panah siji-sijia.Ora ana prejurit nggawa tamèng singbakal nyedhak kutha, lan ora anamenara-menara kanggo njaga kuthadidegaké sakubengé Yérusalèm.34Sanhérib bakal bali metu dalan singdiambah dhèk nalika tekané, tanpamlebu kutha Yérusalèm. Aku, Pangéran,sing ngandika,

Page 626: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 37.35–38.1 12535 sebab Aku sing bakal njaga lanngayomi kutha kuwi, demi Pedaleman-Ku lan janji-Ku marang abdi-KuDawud.’"36Malaékaté Pangéran nyerang barisantentara Asyur lan matèni tentara185.000. Ésuké, nalika isih umun-umuntentara-tentara mau katon patinggléthak, kabèh wis mati!37Raja Sanhérib banjur bali menyangNinewé.38 Ing sawijining dina nalika SangRaja lagi arep nyembah Nisrokh, déwapepundhèné, dumadakan disédaniputrané kakung loro, Adramèlèkh lanSarèzèr, nganggo pedhang lan wongloro mau banjur padha oncat menyangtanah Ararat. Putrané liyané, Ésar-Hadonnggentèni jumeneng raja.

381 Ing nalika semana RajaHizkia kecandhak gerah nganti

mèh séda. Nabi Yésaya bin Amosbanjur sowan sarta matur marangpanjenengané, "Dhawuhipun Pangéranmekaten, ‘Apa sing kudu kokprenatabèrèsna, sebab laramu bakal ora mari.Kowé bakal kapundhut.’"

Page 627: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 38.2–7 1262Hizkia karo rainé madhep témbokndedonga,3 "Dhuh Allah, kersaa ngèngeti, bilihpangabekti kawula dhateng Padukakalayan temen lan gumolonging manah.Kawula tansah ngudi nglampahi menapaingkang Paduka kersakaken." Hizkiakaro nangis kelara-lara.4Pangéran banjur dhawuh marangYésaya supaya bali sowan Hizkia menèh,5didhawuhi munjuk mengkéné, "AkuPangéran, Allahé leluhurmu Dawud,Aku wis miyarsa pandongamu lan pirsaluhmu; lah umurmu bakal Daktambahilimalas taun.6Aku bakal ngluwari kowé lan kuthaYérusalèm saka tangané raja Asyur lansaterusé Aku bakal njaga ngayomi."Yésaya nuli ndhawuhi wong ngremet wohara, lan diosèraké ing lelarané Hizkiasupaya mari. Raja Hizkia nyuwun pirsa,"Menapa ingkang dados tandhanipunbilih kula badhé saged sowan dhatengPedalemanipun Allah?"7Unjuké Yésaya, "Allah badhé paringpretandha dhateng panjenengan,kanggé mbuktèkaken bilih janjinipunbadhé dipun tetepi. Pangandikanipun,

Page 628: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 38.8–13 1278 ‘Ayang-ayangan jarum jamé RajaAhas, bakal Dakgawé mundur sepuluhtapak.’ Pramila miturut ayang-ayanganjarum jam wau surya lampahipun badhémundur sedasa jam."9Bareng wis mantun saka gerahé,Raja Hizkia banjur nyerat kidungpamuji, ngluhuraké asmané Pangéranmengkéné:10Bareng nyandhak nedheng-nedhengéumurku aku kepeksa mlebu inggapuraning pati, dadi ora ngentèkakéumurku.11Aku bakal ora nyawang menèhPangéran ana ing donyané wong urip.Mengkono uga ora bakal nyawang wongliya-liyané sing isih urip.12Uripku wis dibubrah lan wis rampung,kaya kémahé pangon sing dirubuhaké,kaya mori sing dipedhot benangé déningtukang tenun, banjur digulung. GustiAllah négakaké aku kaya mengkonokaananku.13Kaya singa Panjenengané enggonéngremuk sakèhé balungku. Aku ngantisambat-sambat rina lan wengi mergasaka larané.

Page 629: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 38.14–19 12814Aku ngrintih swaraku lirih, kayamanuk sriti, lan gereng-gereng kayamanuk dara. Mripatku nrocos mergatumenga ing langit, pesambatku, "DhuhAllah, kawula kaluwarana saking sesakitmenika."15Aku kudu matur kepriyé? Allahpiyambak kang nindakaké kuwi maukabèh. Lara atiku, nganti aku ora bisaturu.16Dhuh Allah, kawula badhé gesangkagem Paduka, inggih kagemPaduka piyambak. Paduka ingkangsampun nyarasaken kawula, muginglestantunaken gesang kawula.17Manah kawula ingkang sakitbadhé wangsul tentrem malih. Kawulakaluwarana saking sakathahing bebaya;dosa-dosa kawula mugi Paduka apuntensedaya.18Wonten ing jagadipun tiyang pejahmboten wonten ingkang ngluhurakenasma Paduka; tiyang pejah mbotenpitados dhateng kasetyan Paduka.19 Ingkang memuji Paduka menikatiyang gesang, kados enggènkawula memuji samenika. Para bapa

Page 630: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 38.20–39.3 129

nyariyosaken dhateng anak-anakipunbab kasetyan Paduka.20Dhuh Pangéran, Paduka sampunnyarasaken kawula, pramila kawulabadhé memuji kasaénan Padukamawi swantening clempung, tuwinngluhuraken asma Paduka wonten ingPedaleman Paduka selaminipun gesang.21 (38:6)22 (38:6)

391 Ing kala semana Merodhah,raja ing Babil, putrané Baladan,

mireng yèn Hizkia mentas gerah banget,lan saiki wis dhangan. Mulané banjurkirim layang, dikanthèni tandha mripat.2Para utusan saka Babil mau ditampènidéning Raja Hizkia piyambak, ditedahikasugihané: barang-barang kagunganésing rupa slaka, emas, anggi-anggilan lenga-lengané sing adi, apa dénépraboting perang kabèh, sarta apawaé sing kasimpen ana ing gedhongpasimpenan. Ora ana barang siji waésing ora ditedahaké marang para utusan.3Nabi Yésaya nuli sowan Sang Prabu,unjuké, "Tiyang-tiyang menika sakingpundi lan sami matur menapa dhateng

Page 631: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 39.4–8 130

panjenengan?" Pangandikané Hizkia,"Saking negari tebih, negari Babil!"4Yésaya nyuwun pirsa menèh, "Saminingali menapa kémawon wontening kedhaton?" Pangandikané Hizkia,"Sami ningali samukawis. Mbotenwonten barang simpenaning kedhatoningkang mboten kula tedahaken dhatengtiyang-tiyang menika."5Yésaya nuli matur, "Pangéran IngkangMahakwasa ngandika mekaten,6 ‘Bakal tekan wektuné samubarangsing ana ing kedhaton lan apa waé singdisimpen tekan dina iki ana ing gedhongsimpenané para leluhurmu bakal diusungmenyang Babil. Bakal ora ana barang sijiwaé sing kari.7Lan anakmu lanang sawetara bakalana sing kapundhut déning raja Babilkadadèkaké batur ana ing kedhatoné.’"8Wangsulané Hizkia marang Yésaya,"Pangandikanipun Allah ingkangpanjenengan lairaken menika prayogisanget!" Nanging ing batin Hizkiangunandika, "Angger sajroné isih urip ikiaku ngalami katentreman!"

Page 632: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 40.1–7 131

401Pangandikané Allahmumengkéné, "Umat-Ku lipuren!

Lipuren!"2Atiné wong-wong ing Yérusalèmpadha gawénen bungah. Kandhananayèn olèhé nandhang sangsara wis katog,lan saiki dosané wis diapura. "Enggon-Kungukum dosa-dosané wis katog."3Ana swara mengkéné, "Nyawisnadalan sing diambah déning Pangéran anaing ara-ara samun! Dalan ing ara-arasamun sing kagem Allah ratanen.4Sing legok urugana, sakèhé gununglan punthuk-punthuk ratanen. Gunungbakal dadi papak, lan lemah singmendhak mendhukul dadi rata.5Kamulyané Allah bakal kawedharaké,lan saben wong bakal nyipati; Allahpiyambak kang ngandikakaké."6Ana swara keprungu, "Wartakna!"Unjukku, "Menapa ingkang kedah kawulawartosaken?" "Wartakna yèn manungsakabèh kuwi kaya suket; kaya kembanging ara-ara.7Samasa Allah nekakaké angin liwat ingkono, suketé dadi garing lan kembangéalum. Manungsa kekuwatané orangungkuli suket.

Page 633: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 40.8–13 1328Suket bakal garing lan kembangébakal alum, nanging pangandikané Allahlanggeng selawasé."9Hé Sion, sing didhawuhi martakakékabar sing mbungahaké, munggaha inggunung sing dhuwur. Swaramu ucapnasing seru! Hé Sion, wartakna kabar mau!Kandhakna lan aja wedi. Kutha-kuthaing Yéhuda kandhanana yèn PangéranAllahé bakal rawuh!10Allah Kang Mahakwasa rawuh bakalngerèh kanthi pangwasa gedhé, lanrawuhé bakal ngirid wong-wong singdiluwari.11Panjenengané bakal ngrimati umatkagungané kaya pangon; cempé-cempébakal diklumpukaké lan dibopong;lan wedhus sing nusoni bakal digiringalon-alon.12Apa ana sing bisa naker segaranganggo tangané, utawa ngilani langitnganggo drijiné? Apa ana sing bisa nakerlebuné bumi nganggo cangkir, utawanimbang gunung lan punthuk-punthuknganggo timbangan?13Apa ana sing bisa naséhati Pangéranbab apa sing kudu ditindakaké? Sapa

Page 634: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 40.14–20 133

sing bisa mulang Panjenengané utawangaturi pamrayoga?14Sapa sing dipundhuti pirsadéning Allah, prekara sing tumrapPanjenengané ora cetha, utawa singnuturi Panjenengané bab caranétumindak?15Tumraping Allah, bangsa-bangsakuwi dudu apa-apa, mung presasatbanyu setètès, lan pulo-pulo kabèhmung presasat bledug.16Sato kéwan ing alas Libanon kabèhdurung cukup kanggo saos kurbanmarang Panjenengané, lan kayuné oracukup kanggo nglestarèkaké urubinggeniné.17Bangsa-bangsa kabèh ora anategesé tumraping Panjenengané.Bangsa-bangsa mau dianggep ora ana.18Gusti Allah kuwi kena kokpadhakakésapa? Sapa sing bisa mbèbèrakékaanané Allah?19Panjenengané ora kaya reca singdigawé déning tukang, sing banjurdilapis emas nganggo wengkun slaka.20Wong sing ora duwé slaka utawaemas milih kayu sing awèt; banjur

nwengku: embanan..

Page 635: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 40.21–26 134

dipasrahaké marang tukang sing pinter,dikon gawé reca sing ora bisa rubuh.21Apa kowé ngerti? Apa kowé ora taudicritani? Apa kowé ora tau krungucritané mula bukané jagad?22Bumi iki katitahaké déningPanjenengané kang lenggah ingdhampar sandhuwuré bumi lansanjabané langit. Manungsa sing anaing ngisor iki katoné mung kaya semut.Panjenengané menthèng langit kayaklambu, kaya téndha kémah supayakena dienggoni.23Panjenengané netepaké para raja lanwong sing mréntah, banjur disirnakakékaya abab.24Wong-wong mau presasat tandurananyar, sing lagi tuwuh metu oyodé. Yèndisebul déning Allah banjur kabur kabèhkaya mrambut.25Gusti Allah arep kokpadhakaké karosapa? Sapa sing kokpadhakaké karoKang Mahasuci?26Ndelenga langit! Sapa sing nitahakélintang-lintang sing kokdeleng kuwi?Sapa sing ngirid lintang-lintangmau jumedhul kaya barisan tentara.Panjenengané pirsa cacahé lan pirsa

Page 636: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 40.27–41.1 135

jenengé siji-sijiné. Semono gedhénépangwasané. Ora ana lintang siji waésing ketriwal.27 Israèl, yagéné kowé sesambat, yènAllah ora pirsa marang kasusahanmu,lan ora mreduli yèn kowé disiya-siya?28Apa kowé ora ngerti? Apa kowédurung tau krungu, yèn Allah kuwi Allahkang langgeng, lan sing nitahaké bumisaisiné kabèh? Panjenengané ora natésayah utawa lesu. Ora ana wong singbisa njajagi kawicaksanané.29Panjenengané paring kekuwatanmarang wong lesu lan wong apes,maringi semangat marang wong singsayah lan lungkrah.30Nonoman bakal dadi sèkèng, lan bisaambruk merga kentèkan tenaga.31Nanging sing sapa ngendelakémarang pitulungané Pangérankekuwatané bakal tansah dipulihaké.Bakal padha mumbul kaya aburégarudha; bakal padha mlayu,éwasemono ora krasa kesel, bakalpadha mlaku, nanging ora krasa sayah.

411Pangandikané Allah mengkéné,"Hé sakèhé pulo sing adoh! Padha

menenga lan rungokna dhawuh-Ku.

Page 637: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 41.2–5 136

Padha cecawisa ngajokaké prekaramuana ing pengadilan. Kowé diparingiwektu kanggo nglairaké isining atimu.Ayo padha maju bebarengan meruhisapa sing bener.2Sapa ta sing ngosikaké atiné wongsaka Wétan, lan ndadèkaké wongkuwi ana ing endi waé yèn perangmesthi menang? Sapa sing ngulungaképara raja lan para umat ing tangané,padha dibabad déning pedhangé mawutpresasat lebu. Padha diocar-acir déningpanahé, presasat mrambut kabur ingangin.3Mungsuhé padha diburu lan balinépadha slamet, ngliwati dalan sing durungtau diambah.4Sapa sing nggawé sakèhing lelakonmau? Sapa sing netepaké lakunésejarah? Aku, Pangéran sing wis wiwitkuna mula, lan Aku, Pangéran bakal anatanpa wekasan.5Para umat ing negara-negarasing adoh padha weruh apa singDaktindakaké; mula padha wedi lanpadha gemeter. Banjur padha nglumpuklan nyedhak."

Page 638: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 41.6–11 1376Padha tulung-tinulung, sing sijikandha karo sijiné, "Sing tatag atimu!"7Tukang kayu nggedhèkaké atinékemasan, "Éndah temen." Pandhé singnggemblèng wesi mbombong atinétukang patri sing nggarap garapané,"Olèhmu matri apik banget." Gawéanémau banjur dipasang nganggo paku dadikukuh.8Nanging kowé, hé Israèl abdi-Ku, umatpilihan-Ku, tedhak-turuné Abraham,mitra-Ku,9kowé Dakirid saka tapel watesé bumi;Daktimbali saka kikising bumi sing adohdhéwé, karo Dakdhawuhi mengkéné,‘Kowé kuwi abdi-Ku, kowé wis Dakpilih,kowé ora Daktampik.’10Aja wedi, awit Aku nganthi kowé,aja kuwatir, awit Aku iki Allahmu. Akubakal nguwataké kowé, lan kowé bakalDakpitulungi, sarta bakal Dakastaing asta-Ku tengen, sing nekakakékemenangan.11Wong sing padha nepsoni kowé bakalpadha kwirangan, lan uripé bakal nistha.Sapa sing nglawan marang kowé bakalnemahi pati, lan sirna saka ing bumi.

Page 639: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 41.12–17 13812Kowé bakal nggolèki mungsuhmu,nanging wis ora ana. Wong-wong singmerangi kowé wis padha sirna.13Aku iki Pangéran, Allahmu; kowéDaksentosakaké lan Aku ngandika, ‘Ajawedi; Aku bakal mitulungi kowé.’14Pangandikané Pangéran, "Senajankowé kuwi cilik lan apes, Israèl, nangingaja wedi; Aku bakal mitulungi kowé. Akuiki Allahé Israèl Kang Mahasuci. Aku singbakal ngluwari kowé.15Kowé bakal Dakdadèkaké saringankanggo misahaké gabah karo damèn,nganggo untu paku sing anyar lanlandhep. Gunung-gunung bakal kapisahnganti ajur lan punthuk-punthukkokdadèkaké kaya mrambut.16Bakal koktapèni, sarta padha kaburing angin, lan dadi sumebar déningprahara. Mula kowé bakal padha bungahmerga Aku jumeneng dadi Allahmu.Kowé bakal memuji ngluhuraké Aku,Kang Mahasuci, Allahé Israèl.17Menawa umat-Ku padha kasatan langolèk banyu, menawa gurungé garingmerga saka ngelak, Aku bakal njurungipandongané; Aku, Pangéran Allahé

Page 640: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 41.18–23 139

Israèl ora bakal ninggal wong-wongmau.18Punthuk-punthuk gundhul bakal anakaliné, lan tuk-tuk bakal ngilèkaké banyumenyang ledhokan. Ara-ara samun bakalDakwalik dadi blumbang, lan tanahcengkar dadi tuk-tuk sing lubèr banyuné.19Ara-ara samun bakal Daktanduri witèrès, wit penaga, wit murad lan wittéasur. Tanah gundhul bakal dadi alas,alas cemara, alas juniper lan alas siprès.20Wong sing ndeleng kuwi mau kabèh,bakal weruh yèn sing nindakaké Aku,Pangéran, Allahé Israèl. Wong-wong maubakal padha wiwit ngerti yèn Pangéran,Allahé Israèl, sing nindakaké kuwi maukabèh."21Pangéran, Ratuné Israèl ngandikamengkéné, "Hé para déwané bangsa-bangsa, ayo padha gawé prekara. Ajoknagugatanmu karo bukti-buktiné!22Mrénéa lan ramalna apa sing bakalkelakon, supaya Aku ngerti yèn prekarasing kokramalaké mau kelakon temenan.Terangna ing pengadilan apa sing wiskelakon, lan kandhakna apa tegesé.23Terangna apa sing bakal kelakon ingmbésuké, dadi Aku ngerti yèn kowé kuwi

Page 641: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 41.24–29 140

allah. Gawéa becik apa ala, supaya Akugumun apa wedi!24Kowé lan sasolahmu kabèh kuwimung presasat hawa, lan saben wongsing nyembah kowé kuwi nistha!25Aku nangèkaké wong saka Wétan,wong mau bakal teka nyerang sakaLor. Wong kuwi bakal ngidak-idak parapenggedhé kaya ngidak-idak blethok,kaya kundhi sing ngiles-iles lempung.26Sapa ing antaramu sing bisa ngramalkapan kelakoné prekara mau, supayaAku ngerti yèn ramalanmu kuwi bener.Ing antaramu ora ana sing bisa munisakecap waé; ora ana sing krungu apasing kokkandhakaké.27Aku, Pangéran sing dhisik dhéwémartakaké marang Sion. Aku sing ngutusutusan menyang Yérusalèm, martakaké,‘Lah kaé wong-wongmu padha teka!Padha teka saka pembuwangan!’28Aku ndeleng ngiwa-nengen, nangingora ana allah siji waé sing kumecap. Sijiwaé ora ana sing mangsuli pitakon-Ku.29Allah-allah kabèh kuwi tanpa guna;padha ora bisa apa-apa. Déwa-déwakuwi apes lan ora duwé daya."

Page 642: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 42.1–6 141

421Pangéran ngandika, "Lahiki Abdi-Ku sing Dakparingi

kasektèn, pilihan-Ku, sing gawé renanépenggalih-Ku. Roh-Ku Dakparingaké,nedhaki lan ngwaosi Abdi-Ku. Abdi-Kubakal nekakaké keadilan marang sabenbangsa.2Abdi-Ku mau bakal ora bengak-bengok, utawa sesorah sing muluk-muluk ing dalan-dalan.3Glagah sing pepes bakal ora ditugel,lampu sing melik-melik bakal oradipatèni; malah bakal nekakaké keadilanlanggeng kanggo wong kabèh.4Atiné bakal ora gampang semplah,lan keadilan ing bumi bakal dijejegaké.Para bangsa sing manggon ing pulo-puloadoh padha nganti-anti piwulangé."5Gusti Allah nitahaké langit, banjurdipenthèng; bumi digelar lan direngganganggo tetuwuhan. Panjenengané iyaparing urip lan ambekan marang sakèhémanungsa. Allah ngandika mengkénémarang Abdiné,6 "Aku, Pangéran Kang Mahakwasanimbali kowé. Kowé Dakparingipangwasa nekakaké keadilan anaing bumi. Lantaran kowé Aku bakal

Page 643: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 42.7–11 142

gawé prejanjian karo umat kabèh, lannekakaké pepadhang marang parabangsa.7Kowé bakal ngelèkaké mripaté wongwuta lan ngluwari wong ukuman sakapakunjaran.8Aku, ya mung Aku dhéwé jumenengPangéran Allahmu, Aku ora maringakékaurmatan-Ku marang sapa waé, utawamaringaké kamulyan-Ku marang recagawéané manungsa.9Prekara-prekara sing biyènDakdhawuhaké saiki kelakon. Saikikowé Daktedahi prekara-prekaraanyar, sadurungé prekara-prekara maukelakon."10Padha mujia marang Allah nganggokidung anyar; hé jagad saisiné, pujinenasmané! Panjenengané pujinen, hésakèhé wong sing lelayaran ing samodra.Pujinen Panjenengané, hé sakèhétumitah sing ana ing segara! Hétanah-tanah sing adoh, lan sakèhé wongsing padha manggon ing kana, padhamemujia!11Ara-ara samun lan kutha-kuthapadha memujia marang Allah! Umating Kédar memujia Pangéran! Wong

Page 644: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 42.12–16 143

sing padha manggon ing Séla padhamemujia kanthi sora saka pucakégunung-gunung!12Wong-wong sing padha manggoning tanah-tanah adoh padha memujiakaluhurané Allah!13Pangéran miyos kaya perwirasing mangkat perang; Panjenenganésamekta lan trengginas maju perang.Kanthi swara sora ngabani lan nggugahsemangaté para prejurit. Para mungsuhéditedahi kasektèn lan pangwasané.14Pangandikané Allah mengkéné, "Wiskepara suwé Aku meneng waé; Aku oramangsuli apa-apa marang umat-Ku.Nanging saiki wis tekan wektuné Akunjerit kaya wong wadon sing nglarani.15Aku bakal nggempur punthuk-punthuk lan gunung-gunung,nggaringaké sakèhé suket lan wit-witan. Kali-kali lan ledhokan bakalDakdadèkaké tanah cengkar; tlaga-tlagabakal Dakdadèkaké asat.16Umat-Ku sing wuta bakal Daktuntunmetu dalan sing durung tau diambah.Pepetengé bakal Dakdadèkaképepadhang, lan tanah sing mendhak-mendhukul bakal dadi rata ana ing

Page 645: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 42.17–23 144

ngarepé. Mengkono janji-Ku sing bakalDaktindakaké kanthi sempurna.17Akèh wong sing precaya karoreca-reca, lan dianggep Allah, bakalpadha kwirangan lan dikalahaké."18Pangandikané Allah mengkéné,"Padha ngrungokna, hé para wongbudheg! Padha nyedhaka lan namatna,hé wong wuta!19Apa ana sing luwih picak tinimbangabdi-Ku, luwih budheg tinimbangutusan-Ku?20 Israèl, akèh sing kokdeleng, nangingapa gunané kanggo kowé? Kowé duwékuping kanggo ngrungokaké, nangingapa sejatiné sing kokrungu?"21Gusti Allah kumudu-kudu paringpitulungan, mulané paring dhawuh lanpiwulang kang mulya. Lan kersanésupaya umaté ngurmati Panjenengané.22Nanging umaté wis dijarah-rayah;padha kabanda lan dikunjara anaing panggonan sing ndhelik. Padhadijarah-rayah tanpa ana sing tekamitulungi.23Sapa ing antaramu sing gelemngrasak-ngrasakaké pepéling kuwi?

Page 646: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 42.24–43.2 145

Sapa sing wiwit saiki gelem ngrungokakélan nggatèkaké?24Sapa sing ngulungaké bangsa Israèling tangané wong sing njarah-rayah?Sing ngulungaké kuwi Allah piyambak,merga saka dosané umat Israèl marangPanjenengané. Merga kita padha oranglakoni sing dadi kersané, urip kita oramanut dhawuh-dhawuh lan piwulangé.25Mulané kita ketiban paukumané lankudu padha ngrasakaké kasangsaranéperang. Mulading paukumané presasatngobong rata satanah kabèh,éwasemono kita padha ora ngertiapa tegesé kedadéan kuwi mau kabèh;kita padha ora nitèni lan ora olèh kawruhapa-apa.

431Allah kang nitahaké Israèlngandika mengkéné, "Aja wedi,

kowé bakal Dakpitulungi. Kowé wisDaktimbali kanthi nyebut jenengmu.Kowé kuwi kagungan-Ku.2Yèn kowé nyabrang banyu sing jero,Aku bakal nunggal karo kowé; kowébakal ora kleleb lan nemu kasangsaran.Yèn kowé mlaku ngambah geni, bakalora geseng. Sakèhé kasusahan lankasangsaran bakal ora gawé laramu.

Page 647: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 43.3–9 1463Merga Aku iki Pangéran Allahmu, KangMahasuci, Allahé Israèl, Juru Slametmu.Mesir Dakagem dadi tebusanmu, lanÉtiopia lan Séba Dakkalahaké dadigantimu.4Sarèhné kowé Dakanggep becik,Dakkasihi lan Dakajèni, mulané akèhbangsa sing Dakkalahaké dadi lirumu,supaya kowé kapitulungan.5Mulané aja wedi, sebab Aku nunggilkaro kowé! Aku bakal ngulihaké wong-wong Israèl saka Wétan, sing cedhak,lan saka Kulon, tanah sing adoh dhéwé.6Tanah-tanah ing Lor bakalDakdhawuhi, budhalna, lan tanah-tanah Kidul Dakngandikani, ajakokcandhet. Karebèn umat-Ku bali sakatanah-tanah adoh, saka pojok-pojokébumi.7Umat kuwi kagungan-Ku, Daktitahakésupaya Aku kaluhuraké!"8Gusti Allah ngandika mengkéné,"Umat-Ku ladèkna ing pengadilan. Awitpadha duwé mripat, nanging picak, duwékuping, nanging budheg!9Bangsa-bangsa padha ladèkna ingpengadilan. Apa ana ing antaranédéwa-déwané sing bisa ngramal apa

Page 648: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 43.10–14 147

sing bakal kelakon? Apa ana sing ngertilelakon sing biyèn-biyèn? Déwa-déwakuwi karebèn nggawa seksi, singmbuktèkaké yèn ramalané mau cocoglan tembungé nyata mengkono.10Hé umat Israèl, kowé kuwi seksi-Ku,Dakpilih dadi abdi-Ku, mula kudunékowé kenal Aku lan precaya karo Aku,sarta ngerti yèn mung Aku dhéwéjumeneng Allah. Kejaba Aku ora anaAllah liyané, ora tau ana lan ora bakalana.11Mung Aku dhéwé sing jumenengAllah, lan mung Aku dhéwé sing bisamitulungi kowé,12 sing pirsa apa sing bakal kelakon, lanrawuh paring pitulungan. Ora ana déwamanca sing tau nindakaké mengkono,kowé dhéwé sing nyipati.13Aku jumeneng Allah lan selawasébakal jumeneng Allah. Ora ana sing bisaoncat saka pangwasa-Ku; ora ana singbisa ngowahi apa sing Daktindakaké."14Pangéran Allahé Israèl Kang Mahasucingandika mengkéné, "Merga kowé Akubakal ngutus tentara menyang Babil,supaya ngluwari kowé; gapuraning kutha

Page 649: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 43.15–21 148

bakal Dakgempur, lan surak-surakéwong kono bakal malih dadi tangisan.15Aku iki Pangéran, Allah KangMahasuci. Hé Israèl, Aku iki Allahmu singnitahaké kowé."16Dhèk jaman kuna Gusti Allah yasadalan metu segara, dalan nembusulekané banyu.17Prejurit sing nganggo kréta peranglan sing jaranan akèh, tur ampuhbanget, ditumpes, padha ambruk lan oratangi menèh, mati pet kaya urubing lilinsing disebul.18Nanging pangandikané Allahmengkéné, "Aja mikir prekara-prekarasing wis kelakon utawa ngéling-élingkaanan dhèk jaman kuna.19Nanging nggatèkna prekara-prekaraanyar sing saiki lagi Daktandangi. Akubakal yasa dalan nrabas ara-ara samunlan ana ing kana gawé ilèn-ilèn banyu.20Kéwan-kéwan galak bakal ngluhurakéAku, asu ajag lan manuk unta bakalmemuji asma-Ku, awit Aku nganakakékali ana ing segara wedhi, supaya umatpilihan-Ku padha olèh banyu.21Umat kuwi Daktitahaké kagem Akudhéwé, lan bakal ngluhuraké asma-Ku!"

Page 650: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 43.22–27 14922Gusti Allah ngandika mengkéné,"Nanging Israèl, kowé wis bosen karoAku; kowé ora ngabekti menèh karoAku.23Kowé ora saos kurban wedhus;kowé ora ngurmati Aku srana kurbansesaosan. Aku ora ngeboti enggonmuora saos kurban, iya ora merga kowé orangobong dupa kanggo Aku,24 iya ora merga kowé ora tukuwangi-wangian utawa nyaosi Aku gajihéraja-kayamu. Nanging sing ngebot-ebotiAku kuwi dosamu; sing ngrubedi Akukuwi kaluputanmu.25Éwasemono Aku iki Allah sing ngapuradosa-dosamu; merga saka kersa-Kupiyambak Aku mbébasaké salahmu, lahAku bakal ora ngènget-ènget dosamumenèh.26Lah ayo padha lapuran ana ingpengadilan; kandhakna gugatanmu.Prekaramu bélanen kanggo mbuktèkakéyèn kowé nyata pihak sing bener.27Para leluhurmu sing kawitan dhéwéwis gawé dosa; penggawé-penggawémuiya wis gawé dosa marang Aku.

Page 651: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 43.28–44.6 15028Raja-rajamu wis gawé najisépasucèn-Ku. Mulané Israèl Daktumpes,lan umat-Ku Dakdadèkaké dicecamah."

441Gusti Allah ngandika, "Padhangrungokna, hé Israèl abdi-Ku,

umat pilihan-Ku, turuné Yakub.2Aku iki Allah kang nitahaké kowé;wiwit kowé lair, Aku wis nulungi kowé.Aja wedi, kowé kuwi abdi-Ku, umatpilihan-Ku, sing Dakkasihi.3Aku bakal paring banyu marang tanahsing asat lan yasa ilèn-ilèn kanggombanyoni tanah sing garing. Roh-Kubakal Dakesokaké marang turunmu, lanberkah-Ku marang anak-putumu.4Mula bakal padha subur kaya suket inglemah teles, kaya glagah ing sapinggiringkali."5Wong bakal gentènan muni, "Akuiki kagungané Allah!" Banjur padhanganggo jeneng Israèl. Saben wongbakal gawé tandha ing lengené singuniné: "Aku kagungané Allah, lan ngakuyèn dadi umaté Allah."6Pangéran, sing ngerèh lan ngreksaIsraèl, Allah Kang Mahakwasa ngandikamengkéné, "Aku iki Allah kang wiwitanlan kang wekasan, mung Aku dhéwé

Page 652: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 44.7–12 151

jumeneng Allah, kejaba Aku ora anaAllah.7Apa ana liyané sing bisa nindakakéapa sing Daktindakaké? Sapa singbisa nyritakaké apa sing bakal kelakonwiwit-wiwitan tekan akiré jaman?8Aja wedi, hé umat-Ku! Kowé ngertiwiwit jaman kuna mula tekan saiki yènAku wis ngandhakaké apa sing bakalkelakon, lan kowé padha dadi seksiné.Apa ana allah liyané? Apa ana allah singiya kwasa, sing Aku durung ngerti?"9Sarupané reca kuwi ora ana ajiné, lansakèhé brahala sing disembah-sembahkuwi tanpa guna. Sakèhé wong singnyembah brahala mau picak lan bodho,sarta bakal padha kwirangan.10Rak ora bener yèn wong gawé barangsaka logam, banjur dianggep allah landisembah?11Saben wong sing nindakakémengkono bakal kwirangan. Sing gawéreca kuwi rak mung manungsa. Cobadipriksa ing pengadilan, mengko rakgemeter lan kwirangan.12Sing gawé reca kuwi pandhé; caranénjupuk wesi, banjur diobong ing geni,digemblèng nganggo palu, diwangun.

Page 653: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 44.13–17 152

Sajroné nyambut-gawé pandhé maukrasa luwé, ngelak lan kesel.13Reca iya ana sing digawé déningtukang kayu, bahané kayu. Kayunédiukur, banjur digambari nganggo kapur.Sawisé mengkono banjur diukir nganggopiranti, diwangun kaya manungsa singbagus, lan dipasang ing omahé.14Reca-reca mau salong ana singdigawé saka kayu èrès, salong sakakayu tirzah utawa kayu élon sing tuwuhing alas. Lan bisa uga digawé saka kayuorèn, sing ditandur lan tuwuh mergasaka udan.15Kayu mau ana sing mung dienggokayu obong lan sapérangan digawéreca. Dadi sapérangan ana sing dienggogegenèn lan manggang roti, péranganliyané diukir dadi reca lan disembah.16Pérangané liyané menèh dienggombakar saté, sing nuli dipangan ngantiwareg. Tukang kayu mau sajronégegenèn muni mengkéné, "Wah, angettemenan. Geniné apik!"17Kayu turahané digawé dadi reca.Sing gawé banjur sujud ing ngarepé recamau karo nyembah. Sawisé kuwi banjurndedonga marang reca mau, "Paduka

Page 654: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 44.18–22 153

menika allah kawula, kersaa mitulungikawula."18Wong sing mengkono kuwi rak sakingbodhoné ora ngerti apa sing ditindakaké.Mripaté merem lan pikirané buntu,nganti ora weruh ing kayektèn.19Tukang gawé reca mau oraduwé gagasan utawa pangrasa, yènsapérangané kayu sing digawé reca mauana sing diobong kanggo gegenèn, anasing dienggo manggang roti, ana singdienggo mbakar saté, sing dipangan, lanturahané kayu dienggo gawé reca, singdisembah. Kokora rumangsa yèn singdisembah kuwi mung kayu setengkel.20Apa kuwi ora padha waé karodolanan awu? Wong mau wis disasarakédéning pengangen-angené dhéwé, mulanyawané ora dislametaké. Wong mauora gelem ngakoni yèn reca sing dicekelkuwi babar-pisan dudu Allah.21Allah ngandika mengkéné, "Hé Israèl,prekara iki gatèkna; élinga yèn kowékuwi abdi-Ku. Aku sing nitahaké kowé,supaya kowé dadi abdi-Ku, lan kowébakal ora Daktégakaké.22Kaluputanmu wis Daklebur kayapedhut kabur ing angin, lan dosamu

Page 655: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 44.23–26 154

wis ilang kaya mendhung keterak lésus.Kowé muliha ing ngarsa-Ku, awit kowéwis Daktebus."23Hé sakèhé langit, padha giyak-giyaka. Hé teleng-telengé bumi, padhasurak-suraka. Hé gunung-gununglan wit-witan, sarta alas-alas, padhabungah-bungaha! Gusti Allah wisnélakaké kamulyané srana ngluwariIsraèl, umaté.24 "Aku iki Pangéran, Juru Slametmu;Aku iki sing nitahaké kowé. AkuPangéran, sing nitahaké samubarangkabèh. Aku sing menthèng sakèhélangit; nalika Aku nitahaké bumi, oraana sing ngréwangi.25Aku sing mbuyaraké ramalanétukang-ramal, Aku sing nggagalaképétungané juru-nujum. Aku singmbuktèkaké yèn tembungé wongwicaksana salah, lan nélakaké yènkawicaksanané kuwi abab.26Nanging ramalané abdi-Ku Daktetepilan pamecané utusan-Ku Dakjurungi.Yérusalèm Dakdhawuhi, kowé bakaldienggoni wong menèh lan kutha-kuthané Yéhuda bakal dibangun menèh.

Page 656: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 44.27–45.3 155

Kutha-kutha mau bakal njedhul sakajugrugan.27Srana tembung-Ku sakecap samodradadi asat.28Korèsy Dakdhawuhi, ‘KowéDakdadèkaké raja, nglakonana apasakersa-Ku. Ngerèha atas saka dhawuh-Ku! Préntahana supaya Yérusalèmkabangun menèh lan pondhasinéPedalemané Allah dipasang!’"

451Gusti Allah wis milih Korèsy dadiraja! Diangkat supaya nelukaké

para bangsa; diutus nglèngsèr raja-rajasaka dhamparé. Pangéran bakal mbikakgapura-gapurané negara kanggo Korèsy.Pangandikané Allah marang Korèsy,2 "Aku sing bakal nyawisaké dalanmu,ngrata gunung-gunung lan punthuk-punthuk. Aku bakal ngremuk lawang-lawang prunggu lan tembaga, sartamutung ruji-rujiné wesi.3Kowé bakal Dakparingi raja-branasing diumpetaké ana ing panggonansing peteng lan singid. Nganti kowébakal ngerti yèn Aku iki Pangéran, AllahéIsraèl sing nimbali kowé nganggo nyebutjenengmu.

Page 657: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 45.4–9 1564Kowé Daktimbali supaya mbiyantuabdi-Ku Israèl, umat pilihan-Ku. KowéDakparingi kaurmatan gedhé, senajankowé ora tepung karo Aku.5Aku iki Allah, mung piyambakan.Kowé bakal Dakparingi pangwasa singkokbutuhaké, senajan kowé ora wanuhkaro Aku.6Penggawéku sing mengkono mausupaya wong kabèh saka Wétan tekanKulon padha ngerti, yèn ora ana Allahkejaba Aku.7Aku iki Allah, mung piyambakan, Akusing nitahaké pepadhang lan nitahaképepeteng. Aku sing gawé katentremansarta maringi paukuman. Aku Allah singnitahaké kuwi mau kabèh.8Aku bakal nekakaké kemenangan sakalangit kaya udan; bumi bakal nampanilan nuwuhaké kamardikan lan keadilan.Aku, Pangéran, sing ndadèkaké lelakonkuwi mau kabèh."9Apa grabah kena madoni kundhising gawé; grabah rak mung wingka,kaya bala pecah liya-liyané? Apa lemahlempung kena takon karo sing gawé babpegawéan sing ditandangi? Apa grabahnggrundel yèn sing gawé ora trampil?

Page 658: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 45.10–14 15710Apa ana wong sing wani muni karowong tuwané, "Kénging menapa kulakadamel kados mekaten?"11Pangéran, Kang Mahasuci, AllahéIsraèl sing yasa jaman sing bakal kelakonngandika, "Kowé ora wenang takon babputra-putra-Ku, utawa ngandhani Akuapa sing kudu Daklakoni!12Aku sing nitahaké bumi, lan nitahakémanungsa sing manggon ing kono.Srana pangwasa-Ku langit Dakpenthèng,srengéngé, rembulan lan lintang-lintangDakprenata.13Aku sing ngosikaké atiné Korèsy,mula tumindak lan nglakoni kersa-Ku,mrenata apa sing ora bener. Aku bakalngrata dalan sing arep diambah, Korèsybakal mbangun kutha-Ku, Yérusalèm,lan ngluwari umat-Ku sing dikunjara. Oraana wong sing ngopahi utawa mbeselisupaya nindakaké kuwi mau kabèh."Allah Kang Mahakwasa sing ngandika.14Pangandikané Allah marang Israèl,"Bandhané Mesir lan Sudan bakal dadiduwèkmu, wong Séba sing pawakanégedhé-dhuwur bakal dadi baturmu;bakal dadi bebandan sing mlaku ingmburimu, bakal sujud ing ngarepmu

Page 659: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 45.15–20 158

karo muni, ‘Allah nunggil kaliyanpanjenengan, kejawi Allah menikamboten wonten sanèsipun.15Allahé Israèl sing ngluwari umaté,yakuwi Allah sing digawé wadi.16Sakèhé wong sing gawé recaningbrahala bakal kisinan, wong mau kabèhbakal dadi nistha.17Nanging Israèl bakal kaluwarandéning Pangéran, lan kemenanganébakal langgeng; umat kuwi bakal orakwirangan.’"18Pangéran sing nitahaké sakèhélangit, Panjenengané piyambak singjumeneng Allah, sing yasa lan nitahakébumi didamel kuwat lan langgeng. oradadi panggonan sing suwung, nangingdienggoni manungsa. Panjenengané singngandika, "Aku iki Allah, ora ana Allahliyané.19Aku ora tau ngandika nganggo aling-aling utawa nutup-nutupi kersa-Ku.Israèl ora tau Dakdhawuhi nggolèki Akuana ing panggonan sing sepi. Aku ikiPangéran, lan ngandikané blak-blakan.Aku nedahaké prekara sing bener."20Pangandikané Pangéran mengkéné,"Hé sakèhé umat Israèl, sing padha

Page 660: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 45.21–24 159

oncat saka Babil, padha nglumpukalan sowana mréné. Padha ngladèknaprekaramu ing pengadilan-Ku! Héwong-wong sing padha ngendelakéreca-recané saka kayu, lan padhandedonga marang allah sing ora bisamitulungi, wong-wong sing padha orangerti apa-apa!21Padha majua lan ngladèknaprekaramu ing pengadilan; wongsing padha didakwa karebèn padharembugan bebarengan. Sapa sing dhèkbiyèn memeca bab sing bakal kelakon?Apa dudu Aku, Pangéran, Allah singnylametaké manungsa? Ora ana allahliya, kejaba Aku."22Padha balia, sowana Aku supayapadha slamet, hé sakèhé umat sing anaing bumi! Ora ana allah kejaba Aku.23 Janji-Ku iki temenan, lan ora bakaldibatalaké. Aku sumpah demi asma-Kupiyambak, lan Aku wis ngandika singsatemené, pangandika sing ora bakaldibatalaké. Saben wong bakal mareksujud jèngkèng ing ngarsa-Ku lan janjisetya marang Aku.24Wong-wong mau bakal kandha yènkaluhuran lan kekuwatan kuwi asalé

Page 661: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 45.25–46.6 160

saka Aku; lan sapa sing sengit karo Akubakal kwirangan.25Aku, Pangéran, bakal ngluwarisakèhé turuné Yakub, lan wong-wongmau ngabekti marang Aku.

461Para déwané Babil wis tamatriwayaté! Bèl lan Nébo biyèn

disembah-sembah, nanging saiki digawakuldi, dadi momotané kéwan sing sayah.2Déwa-déwa kuwi ora bisa nylametakéawaké dhéwé; padha ditawan landiboyong saka panggonané. Saikiriwayaté déwa-déwa ing Babil wis tamat.3 "Hé turuné Yakub, lan umat-Ku liyanésing isih kari, padha ngrungokna marangAku. Enggon-Ku ngrumati kowé kuwiwiwit kowé lair.4Kowé Dakgéndhong wiwit isih bayi,mangka tekan umurmu wis tuwa lankowé wis uwanen, Aku ora owah-gingsir.Aku sing nitahaké lan ngopèni kowé; iyaAku sing bakal ngluwari lan mitulungikowé.5 ‘Aku arep kokpadhakaké karo sapa?’mengkono pangandikané Allah, ‘Apa anawong liya sing kaya Aku?’6Wong padha mbukak kanthongédhuwit lan ngetokaké emas; banjur

Page 662: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 46.7–11 161

nimbang slaka nganggo timbangan.Banjur ngopahi tukang emas dikon gawérecaning déwané. Nuli padha nyembahsujud jèngkèng marang reca mau!7Recané diangkat ing pundhaké,digawa lunga; didegaké ing papan singwis dicawisaké, mula bisa ngadeg,nanging ora bisa lunga saka kono. Yènana wong sembahyang ing ngarepé,reca mau ora bisa mangsuli, lan ora bisaawèh pitulungan samasa ana reribed.8Hé wong dosa, padha titènana, apasing Daktindakaké.9Padha ngélingana lelakon singkepungkur; padha ngakonana yèn Akudhéwé sing jumeneng Allah lan ora anasing madhani.10Wiwit-wiwitan mula Aku awèh weruhkepriyé bakal wekasané; wiwit jamankuna Aku wis medharaké apa sing bakalkelakon. Aku ngandika yèn apa singDakkersakaké bakal kelakon lan Akunindakaké manut kersa-Ku.11Aku nimbali wong saka Wétan;timbalan-Ku bakal nyamber kaya manukgarudha lan Aku bakal nindakakérancangan-Ku. Aku wis ngandika, lan

Page 663: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 46.12–47.3 162

kuwi mesthi kelakon. Aku wis ngrancangmengkono lan iku bakal Dakwujudaké.12Hé umat sing wangkal atiné, padhangrungokna pangandika-Ku. Kowé padhangira yèn kemenangan tekané isih suwé.13Nanging ora suwé menèh Akubakal nekakaké dina kemenangan mau:dinané wis saya cedhak. Kemenangan-Kubakal énggal teka. Yérusalèm bakalDakslametaké, lan ana ing kana Akubakal ngganjar kaluhuran marangIsraèl."

471Pangéran ngandika mengkéné,"Babil, medhuna saka

palungguhanmu, lan ndhéprokaana ing lemah. Biyèn kowé kaya prawan,nanging saiki kowé wis ora nengsemakémenèh! Saiki kowé dadi batur-tukon!2Nyandhaka penggilingan lan nggilingaglepung! Krudhungmu copoten!Sandhanganmu sing apik uculana!Cincinga lan nyabranga ing kali!3Karebèn wong-wong weruhwewadimu; lan weruh enggonmudiasoraké lan kwirangan. Aku mesthibakal males lan ora ana wong sing bisangalang-alangi Aku."

Page 664: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 47.4–9 1634Pangéran, Allahé Israèl wis ngluwarikita, asmané kasebut Allah KangMahasuci.5Pangandikané Pangéran marangBabil, "Lungguha sing anteng ana ingpetengan. Kowé wis ora bakal disebut:‘Ratuning bangsa-bangsa!’6Nalika Aku duka, umat-Ku oraDaklayani kaya kagungan-Ku; nangingDakdadèkaké tawananmu. Caramu oranganggo welas-asih, malah wong singtuwa koktangani kanthi kasar.7Saka pangiramu kowé arep dadiratu terus, lan ora tau kokgagas utawakoknyana yèn kuwi kabèh bakal anawekasané.8Saiki rungokna, hé wong singnengenaké kesenengan, sing rumangsawis aman lan tentrem. Kowé duwépenganggep yèn kaluhuranmu padhakaya Allah, lan ora ana wong liya singkaya kowé. Kowé duwé pangira yènora bakal dadi randha, lan ora bakalngrasakaké kélangan anak-anakmu.9Nanging sajroning sedina kowébakal ngalami karo-karoné, kélanganbojo lan kélangan anak, senajan kowémigunakaké kasektènmu sihir sakatogé.

Page 665: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 47.10–14 16410Sajroné nglakoni piala, kowé precayamarang awakmu dhéwé; kowé ngiraora ana wong sing weruh kowé. Kowéwis disasaraké déning kawicaksanan lankapinteranmu dhéwé. Pangunandikamu,‘Aku iki Allah, ora ana sing madhani aku.’11Kowé bakal ketekan kasangsaran,lan ilmu sihirmu bakal ora bisa ngalang-alangi. Kowé bakal ketekan karusakan,sing ora tau koknyana-nyana!12Kowé ngantepana japa-mantramu lantenung-tenungmu, sing wis koklakoniwiwit cilik mula. Sokur yèn mengko anagawéné kanggo kowé; sapa ngerti bisakokenggo medèn-medèni mungsuhmu.13Senajan olèh pamrayoga akèh,éwasemono kaananmu tetep apes. Jurunujummu konen mbiyantu kowé, kuwilo wong-wong sing padha ngerti dayanélintang-lintang; sing padha nggambarpérangan-péranganing langit ana ingpéta, sarta ngramal apa sing bakalkokalami saben sasiné.14Wong Babil kuwi kaya damènsatekem, sing bakal ludhes kobong inggeni! Ora bisa oncat saka panasé, sebaburubé gedhé banget, ora kaya geni singdienggo bedhiyang.

Page 666: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 47.15–48.5 16515Kuwi sing kena diramalaké tumrapingawakmu déning para nujum, singkokjaluki rembug sajegé uripmu. Wongkuwi lunga manut karepé dhéwé, lankowé bakal ditinggal, ora ana wong singkari mitulungi kowé."

481 "Rungokna, hé Isra‘el, turunéYéhuda. Kowé padha sumpah

demi asmané Pangéran lan ngakungabekti marang Allahé Isra‘el, nangingkandhamu kuwi ora nyata.2Éwasemono kowé bisa umuk y‘enkowé kuwi wargané kutha suci, lanuripmu suméndhé marang AllahéIsra‘el, sing asmané kasebut Allah KangMahasuci."3Gusti Allah ngandika marang Isra‘elmengkéné, "Dh‘ek jaman kuna Aku wismedharaké apa sing bakal kelakon; lankuwi Daktindakaké kalawan dadakan.4Aku pirsa y‘en atimu wangkal, atoskaya watu.5Dadi wiwit biy‘en Aku wis aw‘ehweruh apa sing bakal kelakon ingtembé mburiné, kanggo nyegahpenganggep, y‘en kuwi kab‘eh singnjalari brahala-brahala lan recamuukir-ukiran.

Page 667: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 48.6–11 1666Apa sing biy‘en Dakngandikakakésaiki wis kelakon; kowé kudu ngakoniy‘en pameca-Ku mau bener. Saiki kowéarep Daktedahi prekara-prekara singbakal kelakon, kedadéan-kedadéan singdurung tau Dakngandikakaké.7Prekara-prekara mau lagi kelakonsaiki, dh‘ek biy‘en durung tau ana.Saupama wis tau klakon, kowé mesthibakal muni y‘en bab kuwi kowé wisngerti.8Aku pirsa y‘en kowé ora kenadiprecaya lan selawasé nglawan. Kuwisebabé kowé ora tau krungu bab iki,lan ora ana wong sing tau crita marangkowé.9Supaya asma-Ku diluhuraké déningpara umat, Aku nyandhet duka-Ku;supaya kowé aja nganti Daktumpes.10Kowé Dakuji srana geniningkasangsaran, kaya slaka sing diluluh inggeni, lan ketitik y‘en kowé kuwi ora anaajiné.11Pendamel-Ku mau krana asma-Kupiyambak. Aku ora marengaké asma-Kudinajisaké, lan kaurmatan-Ku oraDakparingaké marang sapa waé."

Page 668: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 48.12–17 16712Pangandikané Pangéran mengkéné,"Padha ngrungokna h‘e Isra‘el, umat singDaktimbali! Aku iki Allah, sing wiwitanlan sing pungkasan, mung piyambakan!13Dhasaring bumi kuwi yasaning asta-Ku, semono uga Aku sing menth‘englangit ana ing sandhuwuré. Samasabumi lan langit Daktimbali, sanalikabanjur padha sowan ana ing ngarsa-Ku.14Kowé padha nglumpuka kab‘eh, lanpadha ngrungokna! Ing antarané paradéwa ora ana sing bisa ngramalaké y‘enwong sing Dakpilih kuwi bakal nyerangBabil; wong mau bakal nglakoni apa singdadi kersa-Ku.15Aku sing ndhawuhi lan singnimbali; Aku sing nekakaké lan paringkemenangan marang wong mau.16Padha nyedhaka Aku lan rungoknapangandika-Ku. Wiwit-wiwitan mula Akungandika blak-blakan, lan tembung-Kuselawasé nyata." Mangka saiki akudiutus déning Pangéran Allah lan Rohé,ya Allah sing nebus kowé.17Pangéran Allahé Isra‘el KangMahasuci, sing ngluwari kowé ngandikamengkéné, "Aku iki Pangéran Allahmu,sing mulang marang kowé supaya kowé

Page 669: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 48.18–49.1 168

dadia becik, lan nuntuna lakumu ingdalan sing kudu kokambah.18Kowé padha ngéstokaké dhawuh-Ku,kowé bakal tansah binerkahan, kayailining kali sing ora tau asat! Kowé bakaltansah kaparingan kemenangan, kayaombaké segara ol‘ehé ora l‘er‘en-l‘er‘enngerobi gisik.19Turunmu bakal ak‘eh banget, kayawedhiné segara lan Aku nemtokaké y‘enturunmu ora bakal cures."20Padha metua saka Babil, kowéwis merdika! Padha wartakna kanthibungah, critakna ing saenggon-enggon,"Pangéran wis ngluwari Isra‘el, abdiné!"21Umaté dituntun metu panggonansing panas lan ara-ara samun singcengkar, éwasemono ora padha kasatan.Panjenengané paring banyu sakakarang; karangé digawé bengkah lanbanyuné mili saka kono.22 "Wong dosa padha ora tau nemukatentreman," mengkono pangandikanéAllah.

491Hé sakèhé bangsa-bangsa singadoh! Padha rungokna dhawuh-

Ku. Allah nimbali aku dadi abdiné wiwitaku isih ana ing guwa-garbané ibuku.

Page 670: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 49.2–6 1692Tembungku didamel landhep kayapedhang, astané Allah piyambakngayomi aku. Aku didamel kaya panahsing ampuh lan tansah cemawis.3Pangandikané marang aku, "Israèl,kowé kuwi abdi-Ku; merga saka kowéasma-Ku bakal kaluhuraké déning wongakèh."4Aku munjuk mengkéné, "Kawulanyambut-damel, nanging mbotenwonten asilipun; kawula ngetog karosan,nanging tanpa damel." Éwasemono akunjagakaké Pangéran sing bakal mbélaniprekaraku; Panjenengané bakal paringasiling kangèlanku.5Aku ditimbali déning Pangéran dadiabdiné, sadurungé aku lair, didhawuhingulihaké lan nglumpukaké Israèl,umaté sing sumebar. Aku kajèn ana ingngarsané Allah, lan Panjenengané dadietuking karosanku.6Pangandikané Pangéran marang akumengkéné, "Kowé bakal Dakparingikuwajiban sing luwih luhur. Ora mungmbangun bangsa Israèl sing isihurip waé, nanging kowé iya bakalDakdadèkaké oboré bangsa-bangsa,

Page 671: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 49.7–9 170

supaya salumahé bumi bakal nampakarahayon."7Panebusé Israèl, Allah KangMahasuci ngandika marang abdinésing disepèlèkaké banget lan digethingidéning para bangsa, dianggep wongpidak-pedarakan.o "Raja-raja singnyawang penggawému, banjur bakalpadha ngadeg ngurmati; para penggedhébakal padha sujud ngurmati kowé."Kelakoné kuwi kabèh ora liya mergaAllah piyambak sing milih abdiné; AllahéIsraèl Kang Mahasuci netepi prasetyané.8Pangandikané Allah marang umatémengkéné, "Yèn wis tekan dinanéenggon-Ku ngluwari kowé, Aku bakalngetingalaké sih-kadarman-Ku marangkowé lan njurungi pesambatmu. Kowébakal Dakreksa lan Dakayomi, lanlantaran kowé Aku bakal gawé prejanjiankaro umat kabèh. Aku bakal ngulihakékowé menyang tanahmu, sing saiki beraora digarap."9Para wong tawanan bakalDakngandikani, "Padha metua!"Lan wong-wong sing ana ing petengan,"Padha metua menyang padhangan!"

opidak-pedarakan: asor.

Page 672: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 49.10–15 171

Senajan ing gunung sing gundhul, padhaora kekurangan, merga ing salakunétansah disedhiyani pangan.10Bakal padha ora keluwèn lan kasataning selawasé. Panasing srengéngé lansegara wedhi bakal ora gawé cilakané.Merga bakal padha direksa déningPanjenengané sing welas asih, sing bakalnuntun marani etuké banyu.11 "Aku bakal yasa dalan gedhé nrabasgunung-gunung lan ngrata dalan-dalansing bakal diambah déning umat-Ku.12Umat-Ku bakal teka saka panggonansing adoh-adoh, saka Lor lan saka Kulon,sarta saka Aswan ing Kidul."13Hé langit lan bumi, padha surak-suraka! Gunung-gunung padhabungah-bungah lan memujia! Pangéranbakal nglipur umaté, Panjenenganébakal maringi piwelas marang umatésing nandhang kasangsaran.14Nanging umat sing manggon ingYérusalèm padha kandha mengkéné,"Aku wis padha ditilar déning Allah! Allahwis kesupèn karo kita."15Mulané Pangéran nuli paringwangsulan, "Apa ibu bisa lali karo bayinélan ora nresnani anak sing dilairaké?

Page 673: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 49.16–20 172

Senajan ibu téga karo anaké, nangingAku ora bakal téga karo kowé.16Yérusalèm, Aku bakal ora lali karokowé! Jenengmu Daktulis ana ingèpèk-èpèking tangan-Ku.17Wong sing arep mbangun kowé bakalénggal padha teka, lan sing arep ngrusakkowé, bakal padha lunga.18Delengen kedadéan-kedadéan singana ing kiwa-tengenmu! Wong-wongmuwis padha nglumpuk, arep padhamulih! Demi Aku, Allah kang gesang,temenan atimu bakal mongkog nyawangwong-wongmu. Kaya pengantèn wadonsing mongkog atiné nyawang rerengganéemas lan inten.19Tanahmu sing biyèn rupa gempuranlan sepi nyenyet, saiki bakal ora nyukupikanggo manggon wong-wong sing padhateka ing kono. Wong-wong sing biyènngrusak tanahmu bakal kabuwang sakakono.20Wong-wong sing lair ingpambuwangan bakal padha kandha karokowé mengkéné, ‘Panggonan iki sesaktemen, kita butuh panggonan sing luwihombèr!’

Page 674: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 49.21–25 17321Kowé mbatin mengkéné, ‘Sapa singanaké semono akèhé kanggo aku?Mangka anakku wis padha mati, lan akuwis ora bisa duwé anak menèh. Akudadi wong bandhangan lan nglambrangmrana-mréné, sapa ta sing nggedhèkakébocah-bocah kuwi? Aku rak wis ijèn,saka endi tekané bocah-bocah mau?’"22Pangandikané Allah Kang Mahakwasamengkéné, "Aku bakal paring pretandhamarang para bangsa, lan bakal padhangeteraké mulih anakmu. Anak-anakmu lanang bakal digéndhong, lananak-anakmu wadon padha dipanggul.23Para raja bakal ngrengkuh kowé kayaputrané, para pramèswari bakal padhanggéndhong anakmu, bakal padha sujudsungkem ing ngarepmu, lan kanthiandhap-asor padha ngurmati kowé. Mulakowé bakal padha ngerti yèn Aku ikiPangéran; semono uga sakèhé wongsing njagakaké pitulungan-Ku bakal orakwirangan."24Wong apa bisa ngrebut barang singdirayah tentara? Sapa sing bisa ngluwaritawanané wong sing kwasa?25Éwasemono Pangéran ngandika,"Mangka iya kaya mengkono kang bakal

Page 675: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 49.26–50.2 174

kelakon. Rayahané mungsuh bakalkarebut menèh lan tawanané wongkwasa bakal diluwari. Aku bakal nglawanwong sing nglawan kowé, lan bakalngluwari anak-anakmu.26Wong-wong sing nganiaya kowébakal patèn-patènan dhéwé, lan sakanepsuné bakal padha ngamuk gawépepati. Saben bangsa banjur bakalweruh yèn Aku iki Allah, sing mitulungilan sing ngluwari kowé. Bakal padhangerti yèn Aku iki Allahé Israèl KangMahakwasa."

501Pangéran ngandika mengkéné,"Apa kokkira Aku nundhung kowé

kaya carané wong lanang nundhungbojoné? Yèn ta mengkono, endi layangépegat? Apa kokkira kowé Dakedol ana ingpembuwangan, kaya wong sing ngedolanaké dadi batur-tukon? Ora, enggonmukabuwang kuwi merga saka dosa-dosamu; kowé katundhung merga sakaenggonmu nerak dhawuh-dhawuh-Ku.2Yagéné umat-Ku ora mreduli nalikaarep Dakluwari? Yagéné ora mangsulinalika Daktimbali? Apa Aku dianggep orakwasa mitulungi? Aku bisa ngasatakésegara lan kali-kali bisa Dakwalik dadi

Page 676: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 50.3–8 175

segara wedhi srana dhawuh-Ku, ngantiiwak-iwak sing ana ing kono padha matikasatan banyu.3Langit bisa Daksandhangi ireng, kayawong sing lagi kepatèn."4Pangéran Kang Mahakwasa wisndhawuhaké marang Aku prekara singkudu Dakwartakaké, supaya Aku bisanguwataké atiné wong sing lesu. Sabenésuk Aku didhawuhi ngrungokaké karobungah apa sing bakal diwedharakémarang Aku.5Aku diparingi pangertèn; lanPanjenengané ora Daktampik utawaDaksingkur.6Geger-Ku Dakulungaké marang wongsing nggebugi Aku, lan wong sing nginaAku ora Dakkon meneng. Jénggot-KuDakulungaké wong sing njabuti lanrai-Ku Dakulungaké wong sing ngidoni.7Pamoyoké wong-wong mau ora gawélaraning ati-Ku, merga Aku dikuwatakédéning Allah. Ati-Ku tatag, mula kuwatnadhahi sapenggawéné wong-wongmau. Aku ngerti yèn Aku bakal orakwirangan.8Awit Allah celak karo Aku, lanPanjenengané bakal mbuktèkaké yèn

Page 677: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 50.9–51.1 176

Aku ora salah. Sapa sing wani nggugatmarang Aku? Ayo padha lapuran anaing pengadilan! Karebèn wong kuwingajokaké pandakwané!9Allah Kang Mahakwasa piyambaksing mbélani Aku, mula sapa sing bakalmbuktèkaké panerak-Ku? Wong singpadha nggugat Aku bakal sirna kabèh;bakal padha musna kaya sandhangansing dipangan renget.10Sapa kancamu sing ngabekti marangAllah lan mbangun-turut marangpangandikané Abdiné, samasa ngambahdalan sing peteng dhedhet pisan,precayaa marang Allah lan suméndhéamarang Panjenengané.11Sapa sedulurmu sing ngrancanggawé piala marang liyan bakal katumpesdéning rancangané dhéwé. Allahpiyambak sing bakal ndadèkaké kuwimau kelakon, mula bakal nandhangsangsara.

511Pangéran ngandika mengkéné,"Padha ngrungokna Aku, hé

sakèhé wong sing kepéngin slamet,sing padha marek marang Aku nyuwunpitulungan. Padha nyawanga gunung

Page 678: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 51.2–5 177

karang asalmu katatah, lan luwanganasalmu kadhudhuk.2Nyawanga marang Abrahamleluhurmu, lan marang Sarah singnurunaké kowé. Abraham kuwiDaktimbali nalika durung duwé anak, lannuli Dakberkahi, Dakparingi anak-turunakèh.3Aku bakal paring kawelasan marangYérusalèm, marang sakèhé wong singmanggon ana ing kana. Senajan tanahékuwi kaya ara-ara samun, nangingbakal Dakdadèkaké petamanan, kayapetamanan ing Èden. Ing kana bakal anakabungahan apa déné kidung lan pujisokur konjuk marang Aku.4Hé umat-Ku, rungokna pangandika-Ku, Aku bakal paring piwulang marangpara bangsa, dhawuh-Ku bakal dadipepadhangé.5Aku bakal énggal rawuh lan ngentaswong-wong mau, sedhéla engkas Akubakal ngetingalaké kaluhuran-Ku. Akudhéwé bakal ngerèh para bangsa.Bangsa-bangsa adoh wis ngentènirawuh-Ku padha nganti-anti Aku supayapadha Dakslametaké.

Page 679: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 51.6–10 1786Tumengaa marang langit; lannyawanga bumi! Sakèhé langit bakalmusna kaya kukus; bumi bakal luwaskaya jarit, lan wong isiné bumi bakalpadha mati kaya lemut. Nangingpangluwaran peparing-Ku bakallanggeng selawasé, kemenangan-Ku orabakal batal.7Rungokna dhawuh-Ku, hé wong singkulina nglakoni bebeneran, rungoknaswara-Ku, sing atiné nampa dhawuh-Ku.Aja wedi menawa dicacad ing wong, lanaja kagèt menawa diala-ala.8Kabèh kuwi bakal sirna kayasandhangan sing dipangan renget!Nanging karahayon peparing-Ku tanpawekasan, lan pangluwaranku lestari,turun-temurun.9Dhuh Allah, mugi kersa jumenenglan mitulungi kawula! Kersaa ngagempangwasa Paduka lan paring pitulungan.Kados rumiyin, ing jamanipun paraleluhur. Menapa sanès Paduka ingkangnugel-nugel Rahab, naga segantenmenika?10Menapa sanès Paduka ingkangngasataken seganten, ngantos dados

Page 680: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 51.11–15 179

mergi ingkang kénging kaambah, déningpara tiyang ingkang Paduka pitulungi?11Tiyang ingkang Paduka wilujengakenmenika badhé dumugi ing Yérusalèmkanthi bingah, kalayan memuji lansurak-surak. Polatanipun bingar karananampi kabingahan langgeng, badhéluwar selaminipun saking kasisahan lankaprihatosan."12Pangandikané Pangéran mengkéné,"Aku sing paring kekuwatan marangkowé. Yagéné kokwedi karo manungsasing bakal mati? Manungsa rak presasatsuket garing?13Apa kowé lali karo Pangéran singnitahaké kowé, sing menthèng langit lanmasang pondhasiné bumi? Yagéné kowésedina muput gemeter wedi karo wongsing ngigit-igit arep nganiaya lan arepnumpes kowé? Pangancamé bakal oranggepok awakmu.14Sakèhé wong sing dikunjara bakalénggal diluwari, bakal padha kaparinganumur dawa, lan dicukupi kabutuhanpangané.15Aku iki Pangéran Allahmu; singnguber segara nganti ombaké gemuruh.Asma-Ku Allah Kang Mahakwasa!

Page 681: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 51.16–21 18016Aku sing menthèng langit lan masangpondhasiné bumi; Aku ngandika marangYérusalèm, ‘Kowé kuwi umat-Ku! KowéDakparingi piwulang-Ku lan Dakayominganggo asta-Ku.’"17Hé Yérusalèm, tangia! Gumrégahalan ngadega! Kowé wis ngombétuwung paukumané Allah; wis kokombénganti entèk, lan kuwi njalari lakumusempoyongan.18Mangka ora ana wong sing nuntunkowé, ora ana ing antaramu singnyandhak tanganmu lan nggandhèngkowé.19Kowé wis nampani kasusahantumpuk-undhung; tanahmu rusak mergadéning perang, lan wong-wong padhamati kaliren, mangka ora ana singnglipur kowé.20 Ing saben pojoké lurung wong-wongmu padha klenger merga awakéwis lemes banget; kaya kidang singklebu ing jaringé wong mbebedhag,mengkono enggoné padha ngrasakaképanasing paukumané Pangéran.21Hé wong Yérusalèm sing nandhangkesrakat, kowé sing padha mlakusempoyongan kaya wong mendem.

Page 682: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 51.22–52.3 18122Pangéran Allahmu ngayomi kowélan ngandika, "Tuwung kasangsarankuwi saiki Daksingkiraké, tuwung singDakparingaké marang kowé merga sakaduka-Ku. Tuwung kuwi wis ora susahkokombé, tuwung kuwi isi anggur singmarakaké kowé mendem.23Tuwung mau bakal Dakparingakéwong sing nganiaya marang kowé,merga njalari kowé padha glimpanganana ing dalan-dalan, lan diidak-idak kayalarahan."

521Yérusalèm tangia, tangia!Dadia kuwat lan sentosa menèh,

kaya nganggo sandhanganmu singbregas. Wong kapir bakal ora mlebu inggapuramu menèh.2Hé Yérusalèm, madega dadi negaramerdika! Kebutna lebumu lan lungguhaing palenggahanmu! Uculna blenggunétanganmu, hé wong sing padha dikunjaraana ing Sion.3Pangandikané Allah marang umatémengkéné, "Nalika kowé dadi batur-tukon, kowé ora diedol; semono ugabareng saiki kowé merdika, kowé oradituku.

Page 683: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 52.4–10 1824Nalika kowé lunga menyang tanahMesir lan dadi wong neneka, kuwi metusaka karepmu dhéwé; kowé banjurditawan lan digawa lunga déning wongAsyur; wong mau ora mbayar apa-apakanggo nuku kowé.5Mengkono sing saiki kelakon ing Babil.Kowé ditawan, ora dituku déning Babil.Sing ngerèh kowé padha umuk lanngala-ala marang Aku.6Bakal tekan wektuné kowé padhangerti yèn Aku iki Allah lan medharaképrekara iki marang kowé."7 Iba olèhé nyenengaké tekané wongsing nggawa pawarta katentreman singmbungahaké. Tekané wong mau nasakgunung-gunung. Kandhané, "Allahmujumeneng raja!"8Wong sing padha jaga ing kuthabanjur padha surak-surak saka bungahé!Padha ndeleng saka cedhakan yèn Allahkondur menyang Sion!9Hé Yérusalèm, kutha sing wis dadigempuran. Giyak-giyaka merga sakabungah! Sebab Pangéran bakal mitulungikowé lan nglipur marang umaté.10Allah bakal ngagem pangwasanékang suci; kanggo nylametaké umaté,

Page 684: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 52.11–53.1 183

lan para bangsa bakal padha weruhkabèh.11Metua saka Babil, hé sakèhé wongsing padha mikul praboté PedalemanéAllah! Aja ndemèk barang sing najis;jaganen kasucènmu lan mangkata!12Saiki kowé ora prelu kesusu budhal;lan kowé ora prelu ngarah supayabisa uwal saka mungsuhmu. PangéranAllahmu bakal ngirid lakumu lanngampingi kowé ing ngarep lan ingmburimu.13Pangandikané Pangéran mengkéné,"Abdi-Ku bakal ngrampungakékuwajibané kanthi sampurna; mulanébakal nampa kaurmatan gedhé!14Wong sing nyawang padha kagètbanget; saking rusaking rupané ngantiora mèmper manungsa.15Nanging saiki bangsa-bangsa bakalpadha gumun, lan raja-raja bakal padhadheleg-dheleg kamitenggengen nyawangmarang Panjenengané. Bakal padhangerti lan ngerti prekara sing durung taudisipati."

531Wangsulané umaté Allah, "Sapasing ngandel karo kabar sing kita

Page 685: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 53.2–6 184

rungu, lan sapa sing ngerti yèn kuwikabèh pakaryané Allah?2Wis dadi kersané Allah yèn Abdinéthukul kaya solor sing tuwuh ana inglemah garing. Ora kagungan drajatutawa pangkat sing pinunjul, utawa rupasing nengsemaké ati kita. Pasemonésethithik waé ora ana sing marakaké kitakesengsem marang Panjenengané.3Panjenengané kita singkang-singkanglan kita tampik; enggoné dipilaraora lèrèn-lèrèn lan kasangsarané oraentèk-entèk. Ora ana wong sing tegelndelengaké, mula kita sepèlèkaké lanora kita ajèni.4Mangka sejatiné kasangsaran singdisandhang mau kasangsaran kita, lanpilara sing dirasakaké kuwi kanggo kita,nanging kita ngarani Panjenengané kenawalaté Gusti Allah.5Satemené enggoné ditatoni kuwimerga saka dosa kita, lan merga sakapiala kita Panjenengané digebagi.Paukuman sing disandhang ing sariranékuwi sing nekakaké keslametan kita, lanbilur-biluré kuwi sing marasaké kita.6Kita kabèh iki kaya wedhus singketriwal, saben wong lakuné nuruti

Page 686: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 53.7–11 185

karepé dhéwé. Nanging paukuman singsejatiné kanggo kita kuwi ditempahakédéning Allah marang Panjenengané.7Panjenengané dipilara, éwasemonodibetahaké tanpa nglawan, tanpangresula. Kaya wedhus sing arepdisembelèh, mengkono enggoné kèndelora ngandika sakecap-kecapa.8Panjenengané dicepeng, kaukum landisédani, mangka ora ana sing mredulimarang nasibé. Panjenengané disédanimerga saka dosaning umaté.9Sédané pinesthi awor karo wong ala,nanging layoné disarèkaké ing kuburanéwong sugih, merga ora tau nindakaképiala, lan ora tau goroh."10Pangandikané Pangéran, "Enggonénandhang sangsara kuwi saka kersanéAllah; sédané kuwi minangka kurbankanggo nebus dosa, supaya wongdosa olèh pangapura. Srana mengkonobakal ningali anak-turuné, mergakaparingan panjang yuswa, lan mergasaka Panjenengané kersané Pangérankelampahan.11Sawusé nandhang sangsara,Panjenengané bakal ngalamikabungahan; Panjenengané bakal

Page 687: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 53.12–54.4 186

pirsa yèn kasangsarané mau oratanpa guna. Abdi-Ku sing setyakuwi Dakkasihi, Panjenengané bakalnanggung paukumané wong akèh, lanmerga saka Panjenengané, Aku bakalngapura dosané wong-wong mau.12Mulané Panjenengané bakalDakparingi kaurmatan lan Dakpapanakéing antarané para wong luhur, singnyekel pangwasa, awit wis masrahakényawané kanggo nebus dosané wongakèh, lan rila ngrasakaké nasibé wongala."

541Hé Yérusalèm, kowé kaya wongwadon sing gabug, nanging saiki

kowé bisa surak-surak kanthi bungah.Saiki anakmu luwih akèh tinimbangwong sing ketunggon bojoné.2Kémahmu jembarna, taliné dawaknalan pathok-pathoké kukuhna!3Tapel watesé tanahmu bakal dielarngiwa lan nengen; tanahmu sing biyèndienggoni bangsa-bangsa liya bakalbali marang kowé kabèh. Kutha-kuthasing mauné suwung bakal kebak wongmenèh.4Kowé aja wedi; kowé bakal orakwirangan menèh, lan aja rumangsa

Page 688: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 54.5–9 187

asor. Malah kowé bakal lali karokwirangan sing koksandhang nalikakowé isih enom, lan lali marangenggonmu ora kajèn nalika kowé dadirandha.5Kang nitahaké kowé kuwi bakaljumeneng kaya gantiné bojomu.Asmané kasebut Pangéran, Allah KangMahakwasa. Allahé Israèl Kang Mahasucibakal mitulungi kowé, Panjenenganékuwi Allahé wong salumahing bumi.6Hé Israèl, kowé kaya wong wadonkang ditinggal bojoné jaka-lara, mulanéatimu semplah. Nanging kowé saikiditimbali déning Allah kaya garwajaka-laramu.7Panjenengané ngandika, "KowéDaktinggal mung sedhéla, nanging kowéDakpundhut menèh lan Daktresnanibanget.8Sajroning Aku ndhawahaké paukumankowé Daktinggal sedhéla, nangingAku bakal ngetingalaké katresnan-Kuselawasé." Mengkono pangandikanéPangéran kang mitulungi kowé.9 "Nalika jamané Nuh Aku janji orabakal ngeleb bumi menèh. Saiki Aku janjiyèn ora bakal duka karo kowé menèh.

Page 689: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 54.10–16 188

Aku ora bakal ngancam lan ngajar kowémenèh.10Gunung-gunung lan punthuk-punthukbakal ngalih saka enggoné, nangingkatresnan-Ku ora bakal pisah sakakowé. Janji-Ku paring katentreman bakalDaktetepi." Mengkono pangandikanéPangéran sing ngasihi kowé.11Pangéran ngandika mengkéné,"Hé Yérusalèm, negara sing kebakkasangsaran lan apes, sing ora duwéwong sing bisa nglipur. Pondhasinékuthamu bakal Dakbangun menèhnganggo watu-watu sing becik.12Menara-menaramu bakal Dakbangunnganggo watu akik, lan gapura-gapuramu nganggo watu singmencorong.13Umat-Ku bakal Dakwulang lanDakparingi karaharjan lan katentreman.14Keadilan lan kabeneran bakal gawésentosamu. Kowé bakal kaedohaké sakapanindhes lan panganiaya.15Sapa waé ora Dakparengaké nglawanmarang kowé, lan sapa sing nglawankowé bakal cilaka.16Aku sing nitahaké pandhé, singngububi geni lan gawé gegaman manut

Page 690: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 54.17–55.3 189

kapinterané. Aku uga sing nitahakétentara, sing ngempakaké gegaman maukanggo matèni wong.17Nanging gegaman sing ditamakakémarang kowé bakal ora tedhas; lansapa sing ndakwa kowé ana ingpengadilan bakal koktangkis. Aku bakalngayomi para abdi-Ku sing bakal padhaDakparingi kaunggulan." Mengkonopangandikané Pangéran.

551Pangandikané Pangéran, "Hésakèhé wong sing ngelak, padha

majua, ing kéné ana banyu! Mrénéakowé sing padha ora duwé dhuwit,nggawaa gandum lan mangana! Mrénéa,njupuka anggur lan susu, kowé orasusah mbayar!2Yagéné kowé ngetokaké dhuwitkanggo tetuku pangan sing ora maregi?Yagéné nanjakaké opahanmu, mangkakowé tetep ngelih? Rungokna dhawuh-Kulan nglakonana pitutur-Ku, mula kowébakal nampa pangan sing maédahi.3Saiki rungokna, hé umat-Ku, lanpadha mareka marang Aku; nyedhakaAku, sarta kowé bakal urip! Aku bakalgawé prejanjian karo kowé, lan bakal

Page 691: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 55.4–9 190

maringi kowé berkah sing Dakjanjèkakémarang Dawud.4Dawud Dakdadèkaké raja ngiridpara bangsa, lan lantaran DawudAku nedahaké pangwasa-Ku marangbangsa-bangsa mau.5Kowé bakal ngundang bangsa-bangsamanca, sing biyèn ora kenal karo kowé,nanging saiki bakal padha kemrubutmarani kowé, kepéngin rukun karo kowé!Aku Pangéran Allahmu, Allahé IsraèlKang Mahasuci bakal ndadèkaké kabèhmau kelakon. Kowé bakal Dakparingikaurmatan lan kemenangan!"6Padha sowana Pangéran, mumpungPanjenengané kersa disowani;sesambata marang Panjenenganémumpung Panjenengané isih cedhak.7Wong ala ninggala kelakuané singlawas, lan ngowahana pengangen-angené; banjur padha tobata marangPangéran, Allah kita; Panjenengané kuwiambek welasan lan gedhé pangapurané.8Pangandikané Pangéran, "Rancangan-Ku ora kaya rancanganmu, lan cara-Kubéda karo caramu.9Kaya dhuwuré langit enggonéngungkuli bumi, iya semono bédané

Page 692: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 55.10–56.1 191

tumindak-Ku karo penggawému, lanrancangan-Ku enggoné kinacèk karoangen-angenmu.10Pangandika-Ku kaya salju utawa udansing tiba saka langit nelesi bumi, njalaritanduran padha tuwuh lan ngasilakéwinih sing kena disebar lan pangankanggo maregi weteng.11Mengkono uga sabda singDakngandikakaké, bakal nindakakéapa sing Dakrancang; lan ngleksananisedhéngah prekara sing Dakdhawuhaké,lan sing kudu dilakoni.12Kowé bakal budhal saka Babilkanthi bungah, bakal diuntapaké landidongakaké slamet tekan tapel watesénegara. Gunung-gunung lan punthuk-punthuk bakal padha memuji apa dénéwit-witan bakal padha surak-surak sakabungahé.13Wit beros bakal padha thukulminangka gantiné eri, lan jambukeling dadi liruné kecubung. Kuwibakal dadi pretandha langgeng, landadi pengéling-éling marang apa kangDaktindakaké."

561Pangandikané Allah marangumaté, "Padha nglakonana

Page 693: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 56.2–5 192

sarupaning prekara adhedhasarkabeneran lan keadilan, sebab sedhélaengkas Aku bakal ngluwari kowé.2Aku bakal mberkahi wong singselawasé netepi, ora nglirwakaké dinaSabbat. Aku bakal mberkahi wong singora nindakaké piala."3Wong manca sing wis nunggal karoumaté Allah aja nganti padha muni,"Gusti Allah ora marengaké aku ngabektibebarengan karo kowé." Wong kebirènaja nganti duwé penganggep yèn mergasaka enggoné ora duwé anak, ora kenadadi umaté Allah.4Pangandikané Gusti Allah marangwong sing kaya mengkono maumengkéné, "Menawa kowé ngurmatiasma-Ku srana netepi dina Sabbat,lan menawa kowé nglakoni pegawéansing gawé renaning penggalih-Ku, sartakalawan setya ngugemi janji-Ku,5 jenengmu bakal kacathet ana ingPedaleman-Ku lan ana ing antaranéumat-Ku. Iku luwih becik ketimbangduwé anak lanang utawa wadon.Jenengmu sing bakal lestari diéling-éling, ngungkuli wong sing duwéanak-putu."

Page 694: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 56.6–10 1936Lan Pangéran bakal ngandikamengkéné marang para wong mancasing dadi umaté, sing nresnani lanngladosi Panjenengané, sarta singnetepi Sabbaté, karomenèh setya karoprejanjiné,7 "Kowé bakal Dakirid menyang Sion,gunung-Ku sing suci, lan Dakparingikabungahan ana ing Pedaleman-Ku. Kurban obongan lan kurbansembelèhanmu bakal padha ketrima anaing mesbèh-Ku. Pedaleman-Ku bakalkasebut omah pamujan kanggo paraumat kabèh."8Pangandikané Allah Kang Mahakwasasing ngirid umaté Israèl bali sakapembuwangan, "Aku wis janji bakalnambahi wong akèh menèh marangumat Israèl sing wis diklumpukaké."9Pangéran ngandika marang bangsa-bangsa manca supaya padha teka kayakéwan alasan, lan mangsa umaté Allah.10Dhawuhé, "Para pengarep singkuduné ngélingaké umat-Ku padhapicak! Padha ora ngerti apa-apa. Padhakaya asu jaga sing ora njegog, mungpadha turu lan ngimpi. Pancèn padhaseneng turu!

Page 695: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 56.11–57.6 19411Padha kaya asu nggragas sing orawareg-wareg. Wong kaya mengkonokokdadi pangon. Padha ora nitèni. Sabenwong tumindak sasenengé dhéwé lanmburu énaké dhéwé-dhéwé.12Ujaré mengkéné, ‘Ayo padha ngombéanggur sakatogé! Sésuk ya mengkénémenèh, malah ngluwihi dina iki.’"

571Wong mursid tiwas, mangkaora ana sing ngaruhaké utawa

mreduli. Nanging yèn wis mati, wongmau ora ngalami kasusahan menèh.2Wong sing uripé becik padha ngasokanthi tentrem ana ing kuburé.3Nanging kowé para wong dosa, padhamajua mréné supaya diadili. Kowé oraluwih becik ketimbang karo tukang sihir,para wong sing padha nyembah brahalalan para sundel.4Sapa sing padha kokgeguyu? Sapasing kokécé?5Kowé padha nyembah brahalakesuburan srana laku jina sangisoréwit-wit sing kokanggep kramat. Anak-anakmu kokenggo kurban ana ingguwa-guwa karang ing sacedhaké kali.6Saka kali kono kowé njupuk watuklimis, banjur koksembah, kokanggep

Page 696: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 57.7–10 195

allah. Kowé ngesokaké anggur minangkakurbané. Kowé banjur gawé kurbangandum. Apa kokkira Aku seneng karokuwi mau kabèh?7Kowé munggah menyang gunung-gunung saos kurban lan laku jina.8Reca-recamu cabul kokdokok ingsamburining lawangmu ngarep. Akukoksingkur. Kowé nyopot sandhanganmulan munggah ing peturonmu karosundel-sundel, sing kokbayar supayaturu karo kowé. Lan ana ing kono kowénguja nepsumu.9Kowé banjur lunga arep nyembahDéwa Molokh karo nggawa lenga wangilan anggi-anggi sing wangi. Supaya olèhreca brahala sing koksembah, kowékongkonan wong menyang ngendi-endi,malah menyang kuburan-kuburané wongmati.10Kowé dhéwé ora ngétung sayahgolèk reca liyané, éwasemono kowé orangresula karo muni, ‘Wis cukup seménéwaé,’ merga kowé duwé penganggepyèn reca-recamu sing njijiki kuwi awèhkekuwatan marang kowé, nganti kowéora krasa kesel.

Page 697: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 57.11–15 19611Pangandikané Pangéran, "Endibrahala sing kokwedèni, ngantikokréwangi nggorohi Aku lan lalibabar-pisan karo Aku? Apa enggonmumari saos pakurmatan marang Akumerga Aku tekan sepréné meneng waékuwi?12Apa kokkira tindakmu kuwi bener?Aku bakal mbèbèraké kaluputanmulan brahala-brahalamu bakal ora bisamitulungi kowé.13Yèn kowé sesambat njaluk tulung,karebèn brahala-brahalamu waémitulungi kowé! Mangka yèn katerakangin waé brahala-brahalamu bakalrusak. Nanging sing precaya karo Akubakal manggon ing tanah kéné, lanngabekti marang Aku ana ing gunung-Kusing suci."14Pangandikané Pangéran, "Umat-Kubalèkna marang Aku. Singkirna apasing ngalang-alangi ana ing dalansing diambah! Dalané dandanana lanratanen!15Aku iki Kang Mahaluhur, Allah KangMahasuci, kang gesang langgeng. Akulenggah ing swarga sing luhur lan suci,nanging uga dedalem ana ing atiné

Page 698: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 57.16–58.2 197

wong sing andhap-asor lan nlangsanidosané, supaya Aku nggedhèkaké atinélan nggugah pengarep-arepé.16Umat-Ku Dakparingi urip; Aku orabakal tansah ndukani lan ndhawahaképaukuman.17Enggon-Ku duka merga saka dosanélan aluamahé. Mulané Dakajar lanDaktégakaké. Nanging umat kuwiwangkal lan nggugu karepé dhéwé.18Aku pirsa kelakuané lan bakalDakbeneraké. Bakal Daktuntun lanDaktulungi. Sing prihatin bakal Daklipur.19Aku nyawisaké katentreman kanggowong sing cedhak lan wong sing adoh!Umat-Ku bakal Dakpulihaké.20Nanging wong ala padha kaya banyusegara, sing ombaké ora tau meneng,lan ngumbulaké rereged lan endhut.21Pangandikané Pangéran, ‘Wong alaora nemu katentreman.’"

581Pangandikané Pangéran,"Kandhakna sing tenan, sing blak-

blakan! Kandhakna bab dosa-dosané.2Pancèn saben dina padha ngabektimarang Aku lan kandhané kepénginngerti dalan-Ku lan netepi dhawuh-dhawuh-Ku. Padha nyuwun pirsa bab

Page 699: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 58.3–6 198

dhawuh-dhawuh sing adil, lan padhaseneng sowan ngabekti marang Aku,"unjuké,3 "Menapa ginanipun kula sami pasamenawi mboten Paduka gatosaken?Kénging menapa Paduka mboten mredulisamasa kula sami nyiksa badan kula?"Pangandikané Pangéran, "Sejatinéyèn kowé padha pasa, kowé padhamburu butuhmu dhéwé lan meresburuh-buruhmu.4Kowé padha pasa, nanging atimutetep wangkot, kowé tukaran lanantem-anteman. Apa kokkira pasamusing mengkono kuwi bisa njalari Akunggatèkaké pandongamu?5Miturut penganggepmu pasa kuwinyiksa badanmu sedina muput,ndhingklukaké sirah kaya godhongésuket, nganggo sandhangan bagor lanngepyuraké awu ana ing sirah. Apakaya ngono kuwi sing kokarani pasa?Apa kokkira pasa sing ngono mau gawérenaning penggalih-Ku?6Pasa sing Dakkersakaké kuwimengkéné: Nguculana ranténing panyia-nyia, mbuwanga momotan sing ora adil,luwarana wong sing ditindhes!

Page 700: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 58.7–11 1997Wong luwé wènèhana pandumansaka panganmu dhéwé, wong miskinlan wong glandhangan wènèhanapondhokan, wong kewudan wènèhanasandhangan, lan aja owel mitulungisedulur-sedulurmu dhéwé.8Yèn kowé nglakoni mengkono Akubakal ngesokaké sih-kamirahan-Kukaya padhanging srengéngé ing wayahésuk, lan lelaramu bakal Dakbuwang.Aku bakal tansah nunggal karo kowélan mitulungi kowé; Aku bakal tansahcedhak karo kowé lan ngayomi kowé.9Samasa kowé ndedonga bakalDakpiyarsakaké. Samasa kowésesambat marang Aku, Aku bakal paringwangsulan. Yèn kowé mbuwang sakèhépanganiaya sing ana ing satengahmulan sakèhé gemunggungmu, lan sakèhétembung ala;10 lan awèh pangan marang wongsing keluwèn sarta maregi wong singkecingkrangan, pepeteng sing anaing kiwa-tengenmu bakal malih dadipepadhang kaya raina.11Kowé bakal tansah Daktuntun lanDakwaregi srana samubarang sing becik.Kowé bakal dadi kuwat lan sentosa,

Page 701: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 58.12–59.2 200

kaya taman sing akèh banyuné, kayasendhang sing ora tau asat.12Wong-wongmu bakal mbangunmenèh bètèng sing wis suwé dadigempuran, ana ing pondhasiné singlawas. Kowé bakal kasebut ‘Ahli ndandanibètèng, lan omah-omah sing bobrok.’"13Pangandikané Pangéran mengkéné,"Menawa kowé nucèkaké dina Sabbatlan ing dina kuwi ora golèk penggaotan;yèn dina kuwi kokajèni dadi dinasing Daksengker, kokurmati srana oralelungan, ora nyambut-gawé lan oracaturan sing tanpa guna,14kowé bakal ngalami kabungahanmerga enggonmu ngabekti marang Aku.Aku bakal njunjung jenengmu, ngantikowé bakal kajèn ing salumahing bumi,lan kowé bakal ngrasakaké berkahétanah sing Dakparingaké marang kowésaka leluhurmu Yakub. Aku Pangéran,sing ngandika."

591Aja kokkira yèn Allah kuwiapes, nganti ora bisa mitulungi

kowé, utawa talingané ora mirengpesambatmu!2Nanging merga saka dosa-dosamu,Panjenengané ora miyarsakaké kowé.

Page 702: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 59.3–7 201

Dosa-dosamu kuwi dadi singgetaning antarané Allahmu lan kowé, sartadosamu sing ndadèkaké Panjenenganéngaling-alingi wedanané, mula oramiyarsakaké samasa kowé padhangabekti ana ing ngarsané.3Kowé nglakoni dosa goroh, ngrodha-peksa lan matèni wong.4Kowé padha urusan ana ingpengadilan, nanging ora merganggegegi kabeneran. Kowé ngendelakéenggonmu pinter goroh kanggomenangaké urusanmu. Kowé nindakakérancanganmu merga arep gawécilakaning liyan.5Piala sing kokrancang kuwi isi pepatikaya endhogé ula mandi. Yèn dipecahmetu ulané! Nanging rancanganmu singmengkono mau ora migunani tumrapingkowé. Kuwi presasat klambi sing kagawésaka klamaté kemangga!6 (59:5)7Kowé selawasé ngrancang piala, lanora sranta terus nindakaké. Kowé oratau mangu-mangu matèni wong sing orasalah. Menyanga ngendi waé paranmu,kowé gawé karusakan lan njalari cilaka,

Page 703: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 59.8–13 2028 lan wong ora rumangsa tentrem anaing sacedhakmu. Apa sing koktindakakékuwi mung piala thok. Sing kokambahmung dalaning piala, lan wong singngambah dalan kono atiné ora tentrem.9Pangucapé umat, "Saiki kita ngertiapa sebabé Allah ora ngluwari kitasaka tangané wong-wong sing nganiayakita. Kita padha ngarep-arep anaapepadhang, nanging sing ana mungpeteng ndhedhet.10Kita padha gagap-gagap kaya wongpicak. Ing wayah awan kita padhakesandhung-sandhung kaya ing wayahbengi; kita wong waras-wiris, nangingpadha karo wong mati.11Kita padha giris lan nandhangkasusahan. Kita padha ngarep-areppitulungé Allah saka panganiaya lanpanyiksa, nanging ora olèh apa-apa.12Dhuh Allah, dosa kawula dhatengPaduka mila kathah. Dosa-dosa kawulasami nggugat dhateng kawula. Kawulangakeni menika sedaya.13Kawula sami nglawan Paduka, saminampik Paduka lan sami murtad. Kawulasami nganiaya tiyang sanès sarta nyélaki

Page 704: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 59.14–18 203

Paduka. Pikiran kawula nyasar lantembung kawula goroh.14Keadilan sampun kawula singkirakenlan kaleresan sampun tebih sakingkawula. Kejujuran sampun mbotenwonten ing masarakat lan katentremanugi sampun mboten angsal papan.15Katemenan sampun mèh ical babar-pisan, ngantos tiyang ingkang badhémantuni enggènipun damel awon, malahdados kurbaning piawon." Pangéranpirsa kuwi mau kabèh, lan penggalihéora rena déné wis ora ana katemenanlan keadilan.16Panjenengané gumun déné oraana wong sing nulungi wong singdianiaya. Mulané Panjenengané bakalngagem pangwasané kanggo ngluwariwong-wong mau lan bakal kelakon.17Panjenengané bakal ngagem keadilanminangka ageman-wesi lan kemenanganminangka tutup sirah. Pemales minangkaageman, lan adrengé penggalihé bakalnjejegaké samubarang sing ora bener,apa déné numpes wong sing njalarianané panganiaya.18Panjenengané bakal ngukummungsuh-mungsuhé miturut

Page 705: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 59.19–60.2 204

penggawéné, senajan sing padhamanggon ing negara-negara sing adoh.19Wiwit saka Wétan tekan Kulon sabenwong bakal padha saos bekti merga wedimarang Panjenengané krana gedhéningpangwasané. Panjenengané bakal rawuhkaya kali sing santer iliné, lan kayasentoring angin lésus.20Pangandikané Pangéran marangumaté, "Aku bakal rawuh ing Yérusalèmngayomi kowé lan ngluwari sedulurmusing padha mratobat saka dosa-dosané.21Lan Aku bakal gawé prejanjian karokowé mengkéné, ‘Aku bakal maringaképangwasa lan piwulang-Ku marangkowé, dadia darbèkmu selawas-lawasé.Wiwit saiki kowé padha mbangun-turuta marang Aku lan ngandhananaanak-turunmu supaya sabanjuré tansahmbangun-turut marang Aku!’"

601Tangia hé Yérusalèm lannyunarna pepadhang kaya

srengéngé; awit kamulyané Pangéranwis madhangi kowé!2Bangsa-bangsa liya bakal ketutupaning pepeteng, nanging pepadhangéPangéran bakal nyunari kowé.

Page 706: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 60.3–7 2053Para umat bakal padha maranipepadhangmu lan raja-raja bakal nekanicahya sing madhangi kowé.4Ndelenga ing kiwa-tengenmu apasing kelakon ing kono, wong-wongmupadha nglumpuk arep budhal bali.Anak-anakmu lanang bakal teka sakatanah adoh. Anak-anakmu wadon bakalpadha digéndhong kaya bocah cilik.5Kowé bakal ndeleng kuwi mau kabèh,mula atimu bungah. Saka bungahmukowé bakal gugup. Kasugihané bangsa-bangsa bakal diwènèhaké marang kowé,kasugihan sing asalé saka sabrangésegara.6Unta pirang-pirang bakal teka sakaMidian lan saka Éfa. Ana uga singsaka Syéba. Wong-wong bakal padhanyritakaké kabar kabungahan babpakaryané Allah.7Sakèhé wedhus sing ana ing Kédharlan Nébayot bakal diklumpukaké ana ingngarepmu dienggo kurban, kasaosakéana ing mesbèhé Pangéran supayagawé renaning penggalihé. Pangéranbakal mbangun Pedalemané luwih mulyaketimbang karo sing uwis-uwis.

Page 707: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 60.8–13 2068Prau-prau sing tekané kaya méga,kaya manuk dara sing marani paguponé,kuwi prau apa?9Kuwi prau-prau sing saka negara-negara adoh, nggawa anak-anakmu sakanegara-negara mau karo momot slakalan emas, kanggo ngurmati asmanéPangéran, Allahé Israèl Kang Mahasuci,sing paring kaluhuran marang umaté!10Pangandikané Pangéran marangYérusalèm, "Bangsa-bangsa mancabakal mbangun bètèngmu. Para rajanébakal padha ngladèni kowé. Mergasaka duka-Ku kowé Dakgebugi, nangingmerga saka palimirma-Ku kowé saikiDakwelasi.11Gapuramu bakal tansah mengarina lan wengi, supaya para rajanébangsa-bangsa bisa mlebu, ngeterakéraja-branané kanggo kowé.12Nanging para bangsa sing orangladèni kowé bakal katumpesbabar-pisan.13Hé Yérusalèm, kayu-kayu Libanonsing éndah bakal diteraké menyangpanggonanmu, kayata kayu sanobar,kayu berangan lan kayu cemara. Kayu-kayu kuwi kanggo mbangun kuthamu

Page 708: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 60.14–17 207

lan Pasucèn-Ku, supaya luwih éndah lanagung.14Para anaké wong sing nganiayakowé bakal padha marani kowé karotemungkul, lan anaké wong sing biyènngala-ala kowé bakal padha sumungkeming tlapakanmu, lan kowé bakal disebut:‘Kuthané Pangéran’, ‘Sion, kagunganéAllahé Israèl Kang Mahasuci’.15Kowé bakal ora ditinggal lan disengitimenèh kaya dhèk biyèn, nalika oradiambah déning wong lan sepi nyenyet.Kowé bakal Dakgawé gedhé lan éndah,dadi panggonan sing nyenengakéselawasé.16Bangsa-bangsa lan raja-raja bakalngrumati kowé, kaya biyung singngrumati anaké sing isih bayi. Kowébakal ngerti yèn Aku, Pangéran, singmitulungi kowé. Allahé Israèl KangMahakwasa sing ngluwari kowé.17Kowé bakal Dakparingi emas gantinétembaga, slaka lan tembaga minangkaijolé wesi lan watu. Para penggedhémubakal ora nindhes kowé menèh, mergabakal Dakdhawuhi ngerèh kowé kalawanadil lan njaga katentreman.

Page 709: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 60.18–22 20818 Ing tanahmu bakal ora ana kabarpanganiaya menèh, lan bakal ora anakerusakan ana ing tapel watesmu.Aku bakal ngayomi kowé lan njagabètèngmu. Kowé bakal ngluhuraké Aku,merga Aku wis mitulungi kowé.19Dudu srengéngé menèh singmadhangi kowé ing wayah awan, landudu rembulan sing madhangi kowéing wayah bengi, nanging Aku dhéwé,Pangéran, sing bakal dadi pepadhangmuselawasé. Kamulyan-Ku bakal dadipepadhangmu.20Mangsané prihatinmu bakal rampung.Aku, Pangéran, sing jumeneng dadipepadhangmu sing langgeng ingselawasé, ngungkuli srengéngé lanrembulan.21Wong-wongmu bakal dadi wongmursid menèh lan bakal nduwèni tanahéselawas-lawasé. Wong-wong kuwi padhadadi dhedheran tanduran-Ku dhéwé,yasaning asta-Ku, supaya Aku diluhurakédéning wong kabèh.22Brayatmu sing cilik lan asor dhéwébakal dadi bangsa gedhé lan sentosa;yèn wis tekan mangsané kuwi kabèh

Page 710: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 61.1–3 209

Dakgawé énggal kelakon. Aku singjumeneng Pangéran!"

611Aku kepenuhan déning RohéPangéran Kang Mahakwasa.

Aku dijebadi lan diutus déningPanjenengané, kadhawuhan martakakékabar kabungahan marang wong miskin,nambani wong sing atiné semplah,ngumumaké pangluwaran marang wongtahanan, lan kamardikan marang wongsing dikunjara.2Panjenengané ngutus Akungumumaké yèn wis tekan wektunéAllah mitulungi umaté lan nelukaké paramungsuhé. Aku diutus nglipur wong singpadha prihatin.3Didhawuhi nggawa kabungahanmarang wong-wong ing Sion, sing padhanandhang susah, supaya mari sedhihélan uripé dadia seneng, supaya padhamemuji merga wis ilang kasangsarané.Wong-wong mau bakal kaya wit-witan,sing ditandur déning Pangéran, lanpadha dadi wong mursid. Mula Pangéranbakal kaluhuraké merga saka pakaryansing wis ditindakaké.

Page 711: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 61.4–10 2104Wong-wong mau bakal mbangunkuthané menèh, sing wis lawas dadigempuran.5Hé umat-Ku, wong manca bakal padhangladèni kowé. Bakal padha ngengonwedhusmu lan nggarap lemahmu sartanjaga kebon anggurmu.6Kowé bakal kasebut imamé Pangéran,para abdiné Allah kita. Kasugihané parabangsa bakal dadi panganmu, lan bakalpadha marem atiné déné bisa gawésenengé atimu srana barang-darbèké.7Kawiranganmu lan kanisthanmu wisrampung, kowé bakal manggon ingtanahmu dhéwé, lan kasugihanmu bakaltikel-matikel, sarta kabungahanmu bakalora ana entèké.8Pangéran ngandika mengkéné, "Akuremen keadilan lan sengit marangpanyia-nyia. Umat-Ku bakal Dakganjarmiturut penggawéné, lan Aku bakalgawé prejanjian karo wong-wong kuwi.9Umat-Ku bakal misuwur ana ingantarané para umat; saben wong bakalweruh yèn kuwi umat sing Dakberkahi."10Yérusalèm bakal bungah-bungahmerga pakaryan sing katindakaké déningAllah. Yérusalèm bakal kaya pengantèn

Page 712: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 61.11–62.4 211

wadon, sing dipaèsi arep ditemokaké,dienggoni karahayon lan kaunggulan.11Kaya upamané winih sing thukul inglemah, kaya mengkono Pangéran KangMahakwasa enggoné bakal nuwuhakéumaté, lan sakèhé bangsa bakal padhamemuji asmané.

621Aku bakal ngandika kanggonggedhèkaké atiné Yérusalèm;

bakal ora meneng-meneng enggon-Kunglipur nganti Yérusalèm kaslametaké,lan karahayoné sumunar kaya obor ingwayah bengi.2Yérusalèm, para bangsa bakal padhandeleng karahayonmu! Para raja bakalpadha weruh kamulyanmu, lan kowébakal kasebut nganggo jeneng anyar,sing diparingaké déning Pangéranpiyambak.3Kowé bakal kaya makuthané Allahsing éndah, lan makutha kraton ana ingastané Pangéran.4Kowé bakal ora diarani: "Wong singditinggal ijèn". Lan tanahmu bakal orakaran: "Bojo sing dipegat". Jenengmuanyar yakuwi: "Kang gawé renanépenggalih-Ku," lan tanahmu bakalkasebut: "Jejodhoan sing begja". Merga

Page 713: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 62.5–9 212

Pangéran ngasihi kowé, lan bakal ngasihitanahmu kaya garwané.5Kaya jaka sing kawin karo prawan,kaya pengantèn lanang sing dhemenkaro sisihané, mengkono Pangéranenggoné bungah merga kowé.6Hé Yérusalèm, Aku wis nugasakéwong jaga ana ing bètèngmu, sing rinawengi ora kena ngaso, ngémutaké Akumarang janji-Ku karo kowé, supaya Akuora kesupèn.7Para wong jaga mau aja lèrèn-lèrènnyuwun marang Pangéran, ngantiYérusalèm rampung kabangun, dadikutha sing misuwur ana ing bumi.8Pangéran wis janji nganggosumpah, lan bakal nindakaké ngagempangwaosé, "Gandummu mesthi orabakal Dakparingaké menèh marangpara mungsuhmu, lan bakal ora kelakonmenèh wong manca ngombé anggursing kokolah kanthi tlatèn.9Nanging kowé sing nandur lan kowésing panèn, lan ya kowé sing bakalmangan gandummu karo memujimarang Allah. Kowé sing ngrumati lanngolah anggurmu, iya kowé sing bakalngombé ana ing platarané Pasucèn-Ku."

Page 714: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 62.10–63.2 21310Hé wong ing Yérusalèm, padhametua! Padha gawéa dalan kanggoumat sing padha mulih! Cawisna dalangedhé, watu-watuné singkirna! Masangapretandha supaya bangsa-bangsa padhaweruh.11Yèn Pangéran ngumumaké marangsakèhé bangsa mengkéné, "Wong-wong ing Yérusalèm kandhanana, yènPangéran bakal rawuh ngluwari kowé,lan ngirid wong-wong sing dislametaké."12Kowé bakal kasebut: ‘Bangsa singsuci’, ‘Bangsa sing dislametaké déningPangéran’. Yérusalèm bakal kasebut:‘Kutha sing dikasihi déning Allah’, ‘Kuthasing ora ditilar déning Allah’.

631 "Sapa ta sing rawuh saka kuthaBozra ing Édom? Sapa sing

ngagem ageman élok sing wernanéabang mbranang, sing tindaké kayawong gagah prakosa? Iku Pangéran,kang kwasa mitulungi, sing rawuhngumumaké kaunggulané.2Yagéné Panjenengané ngagemageman abang mbranang, kayasandhangan sing dienggo déningtukang ngiles woh anggur, digawéombèn-ombèn?"

Page 715: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 63.3–8 2143Pangandikané Pangéran, "Bangsa-bangsa wis Dakidak-idak kaya wohanggur, lan ora ana wong singngréwangi Aku. Padha Dakidak-idaksajroning duka-Ku lan getihé nggupakiageman-Ku.4Aku wis mutusaké yèn saiki wis tekanwektuné Aku ngluwari umat-Ku; wistekan titi-mangsané Aku ngukum paramungsuhé.5Nalika Aku ndeleng ngiwa nengen,Aku gumun déné ora ana sing ngréwangiAku. Gedhéné duka-Ku marakaké Akurosa, lan Aku unggul senajan Aku ijèn.6Sajroning duka-Ku bangsa-bangsaDakiles-iles, nganti ajur mumur. GetihéDakwutahaké ana ing lemah."7Aku arep nyritakaké sihé Allah singora tau gagal. Aku arep memuji asmanémerga pakaryan sing katindakakékanggo kita. Panjenengané mberkahiIsraèl umaté kanthi loma, merga sakasih-rahmaté lan kamirahané sing tanpakendhat.8Pangandikané Pangéran mengkéné,"Kuwi umat-Ku, sing ora bakal ngapusiAku." Mulané padha diluwari

Page 716: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 63.9–13 2159 saka sakèhé kasangsarané. Dudumalaékat, nanging Allah piyambak singngluwari umaté. Merga saka sih lankawelasané enggoné padha dipitulungi.Wiwit jaman kuna mula enggoné padhadirimat lan digéndhong,10nanging padha mbaléla lan gawésekeling Roh Suci, mula Allah dadisatruné lan nglawan marang umaté mau.11Nanging banjur padha kèlinganlelakoné dhèk jamané Musa, abdinéAllah. Banjur padha takon, "SaikiPangéran ana ing ngendi? Ana ing ngendiPanjenengané sing nylametaké parapengarepé umaté saka segara? Ana ingngendi Pangéran sing maringaké Rohémarang Musa?12Ana ing ngendi saiki Gusti Allah singlantaran Musa nindakaké pakaryan singngébat-ébati srana kwasané, nyilakakébanyuné segara lan ngirid umaté metubanyu sing jero, mula asmané dadimisuwur langgeng selawasé?" Mergakatuntun déning Pangéran, wong-wongmau lakuné mantep kaya jaran singngambah ara-ara, ora tau kesandhung.13 (63:12)

Page 717: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 63.14–17 21614Kaya raja-kaya sing katuntunmenyang panggonan sing akèh suketé,kaya mengkono Rohing Pangéranenggoné paring pengasoan marangumaté, mula asmané kaluhuraké lankasaosan kaurmatan.15Dhuh Pangéran, saking PedalemanPaduka ing swarga ingkang suci sahamulya kersaa mirsani dhateng kawula.Wonten ing pundi adrengé penggalihPaduka migatosaken dhateng kawula?Wonten ing pundi pangwaos Paduka?Wonten ing pundi sih tuwin kadarmanPaduka? Sampun ta nyupèkaken dhatengkawula.16Paduka menika Rama kawula. Paraleluhur kawula Abraham lan Yakubmboten sami tepang kaliyan kawula.Nanging dhuh Allah, Paduka menikaRama kawula, ingkang selaminipunngluwari kawula.17Kénging menapa Paduka parengakennylèwèng saking margi Paduka?Kénging manapa manah kawula Padukawangkotaken ngantos kawula samimboten ajrih dhateng Paduka? MugiPaduka kersa wangsul, krana para abdi

Page 718: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 63.18–64.4 217

Paduka, inggih krana umat ingkangselaminipun dados kagungan Paduka.18Kawula, para umat kagunganPaduka, kanggé sawetawis wekdalsami katundhung déning para mengsahkawula, ingkang sami ngidak-idakPasucèn Paduka.19Kados-kados Paduka menika mbotennaté ngerèh kawula, lan kawula mbotenkasebut umat Paduka.

641Kénging menapa Paduka mbotennyuwèk langit, lajeng tedhak,

ngantos gunung-gunung badhé oregmargi saking ajrihipun?2Sedaya mesthi badhé sami gemeterkados toya umob margi sakingbentèring latu. Paduka mugi rawuhsaha ngetingalaken pangwaos Padukadhateng para mengsah Paduka, ngantospara bangsa badhé sami gemeter wontening ngarsa Paduka.3Naté Paduka tumedhak, lajengnindakaken kaélokan ingkang nggegirisi,ingkang mboten sami kawula nyana.Redi-redi nalika sami sumerep lajengsami oreg saking ajrihipun.4Dèrèng naté wonten tiyang sumereputawi mireng wonten Allah kados

Page 719: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 64.5–7 218

Paduka, ingkang nindakaken kaélokan-kaélokan kanggé tiyang ingkang pitadosdhateng Paduka.5Paduka manggihi tiyang-tiyangingkang sami temen-temen nglampahikaleresan, inggih menika tiyang-tiyangingkang sami kepéngin gesang kadosingkang Paduka kersakaken. Padukaduka dhateng kawula, éwasemantenkawula sami nglajengaken enggènkawula sami damel dosa. SenajanPaduka sampun duka, éwasemantenkawula sami tetep nglampahi piawonwiwit jaman kina mila.6Kawula sedaya sami tiyang najis sahasakathahing kamursidan kawula menikakados sinjang ingkang kénging sesukerrah. Margi saking dosa-dosa kawula,kawula sami kados klaras garing,ingkang kabur ing angin.7Mboten wonten tiyang ingkangngunjukaken pandonga dhateng Paduka.Mboten wonten tiyang ingkang sowandhateng Paduka nyuwun pitulungan.Paduka ngaling-alingi wedana Padukatumrap kawula. Kawula sami Padukatilar margi saking dosa-dosa kawula.

Page 720: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 64.8–65.1 2198Nanging Paduka menika Rama kawula.Kawula sedaya menika lempung lanPaduka ingkang dados kundhinipun.Paduka ingkang nitahaken kawula,9pramila sampun ngantos ngukumkawula sanget-sanget, sarta sampunngantos ngèngeti kalepatan kawulangantos ing selaminipun. Kawula rakumat Paduka, pramila mugi Padukawelasi.10Kitha-kitha Paduka ingkang sucidados ara-ara samun. Yérusalèmsampun dados ludhesan ingkangsuwung,11 sarta Pedalemanipun Allah, ingkangéndah, panggènanipun para leluhur samimemuji Paduka, sampun sirna kabesmi.Sedaya panggènan ingkang sami kawulaaosi sampun dados gempuran.12Dhuh Pangéran, menapa Padukatéga mirsani menika sedaya? MenapaPaduka badhé kèndel kémawon, sartanégakaken kawula sami nandhangsangsara, nglangkungi kekiyatankawula?

651Pangandikané Pangéran, "Akukersa miyarsakaké pandongané

umat-Ku, nanging umat-Ku ora padha

Page 721: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 65.2–6 220

ndedonga. Aku kersa nemoni wong singora kenal karo Aku, nanging ora ana singnemoni Aku. Bangsa iki ora ndedongamarang Aku, senajan Aku wis ngandika,‘Aku ana ing kéné! Aku kersa mitulungikowé!’2Aku tansah kersa nemoni umat-Kusing mangkotaké atiné sajroné nglakonipiala lan nggugu karepé dhéwé.3Tanpa duwé isin bangsa kuwi tansahnekakaké paukuman-Ku, merga gawékurban marang brahala ana ing taman-taman ing papan sing ndhelik lankekutug ing mesbèhé wong kapir.4Yèn bengi padha menyang guwa-guwalan kuburan-kuburan nekakaké rohéwong mati. Padha mangan daging babilan ngombé kaldhu sing digawé sakadagingé kéwan sing dienggo kurban.5Banjur padha kandha siji karo sijiné,‘Aja nyedhaki aku, aku wis suci; ajanggepok aku!’ Aku sengit karo wong singkaya mengkono. Paukuman-Ku marangwong kuwi kaya geni sing ora kenadisirep.6Aku wis mutus arep ngukum wong-wong mau lan paukumané wis Daktulis,Aku bakal ora kesupèn marang sing

Page 722: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 65.7–11 221

ditindakaké déning wong-wong kuwi, lanbakal padha Dakwales.7 Iya dosané dhéwé, utawa dosanéleluhuré. Wong-wong kuwi padhakekutug ana ing punthuk-punthuk,ngobong dupa ing pedupané wong kapir,karo ngala-ala Aku. Mulané wong-wongmau bakal Dakukum ing samesthinétumrap dosa-dosa sing padha dilakoni."8Pangandikané Pangéran, "Ora anawong sing ngrusak anggur sing apik,malah anggur mau digawé ombèn-ombèn. Mengkono uga Aku bakal oranumpes umat-Ku kabèh. Aku bakalnylametaké wong-wong sing padhangabekti marang Aku.9Aku bakal mberkahi wong Israèl singasalé saka klompoké Yéhuda. Turun-turuné bakal marisi tanah kagungan-Kulan gunung-gunungé. Umat pilihan-Kubakal padha manggon ana ing kono.10Umat-Ku mau bakal padha nyembahmarang Aku lan bakal nggiring wedhusélan sapiné menyang pangonan ing arénéSaron ing sisih Kulon lan ing LebakAkhor, sisih Wétan.11Nanging kowé sing padha ninggalAku, lan lali marang gunung-Ku sing suci

Page 723: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 65.12–16 222

sarta sujud marang déwa-déwa Gad lanMèni, déwané nasib begja lan cilaka,kowé bakal ora ngalami mengkono.12Kowé bakal mati déning pedhang,merga kowé ora mangsuli menawaDaktimbali lan ora ngrungokaké menawaAku ngandika. Kowé milih nglawan Akulan nglakoni piala.13Mulané wong sing ngabekti marangAku bakal padha mangan wareg, nangingkowé bakal padha kaliren; para abdi-Kubakal padha ngombé, nanging kowébakal padha kasatan. Para abdi-Ku bakalpadha bungah, nanging kowé bakalpadha nandhang wirang.14Abdi-Ku bakal padha surak-suraksaka senengé, nanging kowé bakalpadha sambat-sambat merga semplahatimu.15Umat pilihan-Ku bakal nyebutjenengmu kanggo ngipat-ipati wong.Aku, Pangéran Kang Mahakwasabakal maringi jeneng anyar marangwong-wong sing mbangun-turut marangAku.16Saben wong sing kepéngin diberkahibakal nyuwun diberkahi déning Allahkang mahasetya. Lan sing sapa arep

Page 724: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 65.17–21 223

supata, supatané kuwi atas asmanéAllah kang mahasetya. Kasusahan singdialami biyèn, wis padha ora diélingi."17Pangandikané Pangéran mengkéné,"Aku bakal nitahaké langit anyarlan bumi anyar. Lelakon-lelakon singkepungkur bakal ora diélingi menèh.18Padha bungaha lan tansah surak-suraka awit saka apa sing Daktindakaké.Yérusalèm anyar mau kebak kabungahanlan umaté bakal nampa kabegjan kabèh.19Aku dhéwé bakal rena ing penggalihkrana Yérusalèm lan umat sing manggoning kono. Ing kono bakal ora ana tangismenèh, ora ana pesambat.20Ora ana bayi sing mati isih bocah. Lansaben wong bakal dawa umuré. Wongsing umuré satus taun bakal dianggepisih enom. Mati sadurungé umur satustaun nélakaké yèn wong mau Dakukum.21Wong bakal yasa omah, banjurpadha dienggoni dhéwé, lan ora bakaldienggoni déning wong liya. Wongbakal padha gawé kebon anggur lanngrasakaké kanikmatané angguré. Wongliya ora bakal ngombé angguré. Umat-Kubakal dawa umuré, kaya wit-witan.

Page 725: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 65.22–66.2 224

Umat-Ku bakal padha ngrasakaké asilingkangèlané.22 (65:21)23Pegawéané bakal ngetokaké asil,lan anak-anaké bakal ora nemukasangsaran. Anak-turuné bakalDakberkahi selawas-lawasé.24Sadurungé rampung enggonéndedonga marang Aku, bakal wisDakparingi wangsulan.25Asu ajag lan cempé bakal padhamangan bebarengan; singa bakalmangan damèn, kaya sapi, lan ulabakal ora mbebayani menèh. Ana inggunung-Ku sing suci bakal ora ana wongsing gawé piala utawa gawé cilaka."

661Pangandikané Allah mengkéné,"Swarga kuwi dhampar-Ku, lan

bumi dadi ancik-anciké sampéyan-Ku.Pedaleman kaya apa sing arep kokyasakanggo Aku, lan panggonan kepriyé singpantes Dakenggoni?2Aku dhéwé sing nitahaké jagad singjembar iki! Aku rena karo wong singandhap-asor, sing nlangsani dosané,sing wedi-asih karo Aku lan nglakonidhawuh-Ku.

Page 726: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 66.3–5 2253Wong padha urip sasenengé dhéwé.Kanggoné wong mau padha waé, apakurban sing disaosaké mau sapi apamanungsa, nyembelèh wedhus, apanyembelèh asu; apa sing disaosakégandum apa getihing babi; apa enggonéngobong menyan kanggo sembahyangmarang Allah, apa kanggo nyembahbrahala. Padha seneng ngabekti nganggocara sing nistha.4Aku bakal nekakaké karusakansing gawé girising atiné, merga yènDaktimbali padha ora mangsuli, lan yènAku ngandika padha ora ngrungokaké.Padha milih nglawan Aku lan nglakonipiala."5Padha ngrungokna pangandikanéPangéran, hé wong sing ngabekti lanmbangun-turut marang Allah, "Mergasaka enggonmu setya marang Aku, kowénganti disengiti déning sanak-kadangmudhéwé, mula wong-wong mau padha oragelem sesrawungan karo kowé. Kowépadha dipoyoki, kandhané, ‘Mbok GustiAllah aturana ngetingalaké kwasanémitulungi kowé, dadi aku padha weruhkabungahanmu.’ Nanging sejatinéwong-wong mau bakal padha kwirangan!

Page 727: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 66.6–12 2266Rungokna! Swara sing gumuruh sakakutha, swara saka Pedalemané Allah.Kuwi swarané Allah sing males marangpara satruné!7Negaraku sing suci kuwi kaya wongwadon sing dadakan nglairaké anaktanpa nganggo nglarani.8Apa tau ana lelakon sing kayamengkono? Apa ana bangsa singkalairaké sajroné sedina? Sion oraprelu nandhang sangsara suwé nalikanglairaké bangsa iki.9Aja dikira yèn wis tekan titi-mangsanélair, ora Daklairaké! Pangéran Allah singngandika.10Mulané Yérusalèm, kowé bungah-bungaha. Padha bungah-bungahakrana Yérusalèm, hé wong kabèhsing tresna karo kutha kuwi! Sakèhéwong sing padha mrihatinaké, padhabungah-bungaha karo Yérusalèm saikiuga!11Kowé bakal padha ngrasakakékamuktèné, kaya bayi sing nusubiyungé."12Pangandikané Pangéran mengkéné,"Kowé bakal Dakparingi kemakmuransing ora entèk-entèk; kasugihané

Page 728: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 66.13–17 227

bangsa-bangsa bakal Daklubèrakémarang kowé kaya kali sing ora tauasat. Kowé bakal kaya bayi singdisusoni déning biyungé, digéndhong landikudang.13Kaya mengkono bakal enggon-Kunyenengaké atiné Yérusalèm, kayabiyung sing nglipur marang anaké.14Kowé bakal nyipati kuwi mau kabèh,nganti kowé bakal bungah, lan mergasaka kuwi awakmu bakal dadi waras lanrosa. Srana mengkono kowé bakal ngertiyèn Aku iki Pangéran, sing mitulungiwong sing mbangun-turut, lan ngukumwong sing nglawan marang Aku."15Gusti Allah bakal rawuh ngasta geni.Panjenengané bakal nitih swiwininglésus ndhawahaké paukuman marangwong-wong sing padha nekakaképaukumané.16Saben wong sing salah bakal diukumsrana geni lan pedhang, lan akèh singbakal padha mati.17Pangandikané Pangéran mengkéné,"Wektuné wis ora suwé menèh kanggonéwong sing padha nyembah brahala, singpadha mlaku ing arak-arakan menyangtaman-taman kramat, sing mangan

Page 729: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 66.18–20 228

daging babi lan tikus, sarta panganliya-liyané sing najis.18Aku pirsa gagasané lan penggawéné.Aku bakal rawuh lan nglumpukakébangsa-bangsa kabèh. Yèn wis padhangumpul, bakal padha ndeleng sepiragedhéné pangwasa-Ku.19Mula bakal padha weruh yèn Akuiki sing ngukum wong-wong mau.Nanging Aku bakal nisihaké wongsawetara saka ing antarané, sing bakalDakutus menyang tanah-tanah adoh,sing durung padha krungu asma-Ku lannyipati gedhéning pangwasa-Ku, yakuwimenyang Spanyol, Libia lan Lida, singwong-wongé pinter manah, mengkonouga menyang Tubal lan Yunani. Parautusan mau bakal martakaké kaluhuran-Ku ana ing tengahé bangsa-bangsa kapirmau.20Sarta bakal padha ngirid bali sedulur-sedulurmu sing ana ing tanahé bangsakapir, dadi pisungsung marang Aku.Tekané ing gunung-Ku sing suci bakalpadha nunggang jaran, bihal lan unta,malah ana sing nunggang tandhu lankréta. Carané kaya wong Israèl enggoné

Page 730: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YESAYA 66.21–24 229

nggawa kurban dhaharan menyangPedalemané Allah, ana ing wadhah suci.21 Ing antarané wong-wong mauana sawetara sing bakal Dakpundhut,Dakdadèkaké imam lan pembantu anaing Pedalemané Allah.22Padha kaya langit anyar lan bumianyar sing bakal Daktitahaké mau, bakallanggeng merga déning pangwasa-Ku,kaya mengkono uga anak-turunmu lanjenengmu bakal lestari ing selawasé.23Sarta bakal kelakon saben pendhaktanggal sepisan lan pendhak Sabbatwong saka saben bangsa bakal tekasujud ngabekti marang Aku anaing Yérusalèm kéné," mengkonopangandikané Pangéran.24 "Ana déné samasa mundur saka konobakal padha weruh jisimé wong-wongsing padha murtad lan padha nglawanmarang Aku. Singgat sing manganwong-wong mau bakal ora mati lan genising ngobong wong-wong mau bakalora disirep. Sesawangan sing mengkonomau bakal gawé girising atiné para umatkabèh."

Page 731: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

Yeremia

11Kitab iki isi pangandikané Yérémiabin Hilkia. Hilkia kuwi imam ing kutha

Anatot, tanah Bènyamin.2Nalika Yosia bin Amon enggonéjumeneng raja ing Yéhuda nyandhaktelulas tauné, Allah ngandika marangYérémia,3 lan ngandika menèh nalika Yoyakimbin Yosia jumeneng raja. Sawisé kuwikerep ngandika marang Yérémia, ngantiZedekia bin Yosia enggoné jumenengraja nyandhak taun kaping sewelasé. Ingtaun mau, yakuwi sasi kaping lima, wongYérusalèm padha kabuwang menyangBabil.4Pangandikané Pangéran marang aku,5 "Kowé Dakpilih sadurungé kowé ana.Sadurungé lair kowé wis Dakpilih dadinabi kanggo bangsa-bangsa."6Unjukku, "Dhuh Allah IngkangMahakwasa, kawula mboten sagedwicanten, margi kawula taksih nèm."7Nanging Pangéran ngandika marangaku, "Kowé aja kandha yèn isih nom,

Page 732: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 1.8–13 2

nanging kowé maranana wong-wongsing kudu koktemoni atas dhawuh-Ku;wong-wong iki kandhanana sakèhédhawuh sing Dakparingaké marangkowé.8Aja wedi karo wong-wong mau, sebabAku nganthi kowé lan bakal mitulungikowé. Aku, Pangéran wis ngandika!"9Allah nuli mulung astané, lambékudidumuk, sarta pangandikané marangaku, "Tembung kang kudu kokucapaké,Dakparingaké ana ing ilatmu.10 Ing dina iki kowé Dakparingi kwasatumrap para bangsa lan kraton-kraton,Dakdhawuhi mbedholi lan mbubrahi,ngrusak lan nggempur, sarta mbangunlan nandur."11Pangéran ndangu, "Yérémia, kowéweruh apa?" Aturku, "Kawula sumereppangipun wit sakèd."a12Pangandikané Pangéran, "Bener,sebab Aku wis siaga nindakaké apa singDakdhawuhaké!"13Pangéran ngandika menèh, "Kowéndeleng apa menèh?" Aturku, "Kawulasumerep wonten cèrèt ingkang

awit sakèd: bangsanipun dlima.

Page 733: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 1.14–18 3

toyanipun umob, ing sisih Lèr badhélubèr mengidul."14Pangandikané Pangéran, "Bakal anabebaya saka Lor nekani sakèhé wongsing manggon ana ing tanah kéné.15Sebab Aku nimbali bangsa-bangsaing sisih Lor supaya padha teka mréné.Para rajané bakal padha mapanakédhamparé dhéwé-dhéwé ana ing ngarepgapurané Yérusalèm lan sakubengébètèngé; kutha-kutha liyané ing Yéhudaiya dikepung kaya mengkono.16Umat-Ku bakal Dakukum merga wispadha nglakoni dosa. Wis padha ninggalAku lan padha gawé kurban kanggonyembah allah-allah liyané, sarta padhasujud marang reca ukir-ukiran gawéanédhéwé.17Yérémia, kowé tata-tataa, umat kuwiparanana lan kandhakna sakèhé prekarasing Dakdhawuhaké marang kowé. Kowéaja wedi karo wong-wong mau; yèn ora,kowé dhéwé bakal Dakgawé geter anaing ngarepé wong-wong kuwi.18Rungokna, Yérémia! Saben wong ingtanah kéné bakal nglawan marang kowé:para rajané, para pegawé, para imam,lan rakyat kabèh. Nanging ing dina iki

Page 734: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 1.19–2.5 4

kowé Dakparingi pangwasa nanggulangipanglawané; kowé Dakdadèkaké bètèngsing sentosa, saka guru wesi lan témboktembaga. Kowé bakal ora dikalahaké,sebab Aku nganthi kowé lan mitulungikowé. Aku, Pangéran wis ngandika."19 (1:18)

21Pangandikané Allah marang akumengkéné,

2 "Saben wong ing Yérusalèm padhakandhanana sing seru, ‘Dhawuhé Allahmengkéné: Aku ngélingi kasetyanmunalika kowé isih nom, lan marangkatresnanmu nalika kowé dadipengantèn anyar karo Aku; kowéngetutaké Aku nasak ara-ara samun,metu tanah bera.3 Israèl, kowé kuwi kagungan-Kupiyambak, Dakpilih dadi kagungan-Kukang suci, Aku nekakaké kasusahan lankarusakan marang saben wong singgawé cilakamu. Aku, Pangéran kangngandika.’"4Rungokna pangandikané Allah, hépara turuné Yakub, para taleré Israèl.5Gusti Allah ngandika mengkéné, "Paraleluhurmu ndakwa apa marang Aku?Apa sebabé padha nyingkur Aku? Déné

Page 735: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 2.6–9 5

padha nyembah brahala sing ora anagunané, mula wong-wong mau dhéwéiya dadi tanpa guna.6Padha ora mreduli karo Aku, senajanwis padha Dakluwari saka tanah Mesir,lan wis Dakirid metu ing segara wedhi:ara-ara samun sing mung kebak punthukpasir, tanah sing garing lan kebakbebaya, nganti ora ana wong singmanggon ana ing kono, utawa gelemliwat ing kono.7Padha Dakirid mlebu ing tanah singsubur, supaya bisa ngrasakaké pametunésing becik-becik. Nanging malah padhangrusak lemah-Ku lan najisaké tanahsing Dakparingaké.8Para imam padha ora nggolèki Aku lantakon, ‘Pangéran ana ing ngendi?’ Paraimam-Ku dhéwé padha ora kenal karoAku. Para raja padha nglawan Aku; paranabi padha medhar wangsit nganggonyebut Baal, sarta padha nyembah recaukir-ukiran sing ora ana gunané."9Gusti Allah ngandika mengkéné,"Mulané Aku, Pangéran, bakal nggugatumat-Ku menèh, anak-turuné bakalDakgawa menyang pengadilan.

Page 736: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 2.10–16 610Ndelenga mengulon, ing pulo Siprus,utawa mengétan ing tanah Kédar, kowébakal weruh yèn ora tau ana lelakon singkaya mengkono.11Apa ana bangsa sing ngijolaké allahé,senajan kuwi dudu Allah? Nangingumat-Ku ngijolaké Aku karo reca-recasing ora bisa nindakaké apa-apa kanggomitulungi wong-wong mau.12Mulané sakèhé langit Dakdhawuhisupaya wedi lan gemeter, merga sakagumun lan kagèté.13Déné umat-Ku wis nglakoni dosarong prekara: padha nyingkur Aku,etuké banyu urip, banjur padha gawékulah dhéwé, kulah sing bengkah lanborot, ora kena kanggo nyimpen banyubabar-pisan."14 "Israèl rak dudu batur-tukon? Rak oralair saka batur-tukon? Apa sebabé dénédioyak-oyak mungsuh nganti ambruk?15Mungsuhé padha nggero kaya singa,lan marakaké tanah kéné dadi ara-arasamun, kutha-kuthané dadi gempuran,ditinggal suwung babar-pisan.16Wong Mèmfis lan wong Takhpanhèswis padha nggundhuli sirahé wongIsraèl.

Page 737: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 2.17–21 717Hé Israèl, kuwi kabèh rak merga sakapolahmu dhéwé, merga kowé padhanyingkur Aku, Pangéran Allahmu, nalikakowé padha Daktuntun sedalan-dalan.18Ana ing Mesir kowé arep golèk apa?Apa gunané ngombé banyuné BengawanNil? Kowé kokarep menyang Asyur,kuwi gunané apa? Kowé bathi apa yènngombé banyuné Bengawan Éfrat?19Kowé bakal disiksa krana luputmudhéwé, lan merga enggonmu nyingkurAku, kowé bakal nampa paukuman.Kowé bakal ngerti pituwasé yèn nyingkurAku lan ora tetep setya marang Aku,Pangéran Allahmu, kuwi nekakaké walatlan kasangsaran sing pait. Aku, PangéranKang Mahakwasa wis ngandika!"20Pangandikané Allah Kang Mahakwasa,"Israèl, wis lawas enggonmu nampikpangrèh-Ku; kowé wegah mbangun-turut lan ngabekti marang Aku. Malahkowé padha nyembah sujud marangdéwa-déwané kesuburan, ing sabenpunthuk ing sangisoré saben wit gedhé.21Kowé Daktandur kaya wit anggur singDakpilih saka bibit sing becik dhéwé.Nanging delengen, apa dadiné? Kowédadi anggur bosok sing ora ana ajiné.

Page 738: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 2.22–27 822Senajan Dakkumbaha nganggosabun akèh, najismu ora bakal ilang.23Kokbisa-bisamu muni yèn kowé oranajisaké awakmu, lan ora nyembahBaal? Ngélingana enggonmu gawé dosaana ing lebak. Pratingkahmu kaya untawadon lagi brahi, mbedhal mrana-mrénéana ing ara-ara samun.24Sapa sing bisa nyegah pepénginanégolèk bojo? Unta lanang sing gelem orasusah kangèlan, yèn wis wektuné kawingampang ngawini unta wadon mau.25Hé Israèl, jaganen supaya sikilmuora kesel lan gorokanmu ora garingkasatan sajroné mburu brahala-brahala.Nanging kowé mangsuli, ‘Ora, aku bakalora bali! Aku wis kadhung seneng karodéwa-déwané bangsa liya, kuwi singarep dakbektèni.’"26Pangéran ngandika mengkéné, "Kayadéné maling, kuwi yèn kecekel bakalkwirangan, mengkono uga kowé, wongIsraèl bakal kwirangan; raja-rajamu,penggedhé-penggedhému, para imamlan para nabimu!27Kowé bakal kwirangan, merga kowéwis muni yèn wit kuwi bapakmu lanwatu karang dadi biyungmu. Kaya

Page 739: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 2.28–32 9

mengkono sing bakal kelakon mergakowé ora mbangun-turut karo Aku,malah nyingkur Aku. Mung yèn nemukasusahan waé kowé padha sesambatmarang Aku, nyuwun pitulungan.28Lah endi déwa-déwa sing kokgawédhéwé? Yèn kowé ketekan kasusahan,mbok njaluka tulung karo déwa-déwakuwi, yèn pancèn bisa! Yéhuda, cacahédéwamu rak akèh, padha kaya cacahékutha-kuthamu.29Kowé sambat kekurangan apa?Yagéné kowé nglawan Aku?30Kowé wis Dakajar, éwasemono oraana kacèké. Kowé emoh Dakélingaké.Nabi-nabimu kokpatèni kaya singa singlagi ngamuk.31Hé umat Israèl, rungoknapangandika-Ku! Apa kanggonékowé kaya ara-ara samun, apa kayatanah peteng sing mbebayani? Yagénékowé kandha yèn arep urip nggugukarepmu dhéwé, lan ora arep bali menèhmarang aku?32Prawan apa tau lali dandan,pengantèn wadon apa tau lalimenganggo sandhangané pengantèn?

Page 740: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 2.33–3.1 10

Nanging umat-Ku wis lali marang Akunganti suwé banget.33Kowé ngerti lan pinter golèk pacar.Sundel sing pinter pisan kalah karokowé.34Sandhanganmu wis glépot getihéwong miskin lan wong sing ora salah,dudu getihé wong ngrampog.35Éwasemono kowé muni, ‘Aku orasalah! Dadi Gusti Allah ora bakal dukakaro aku.’ Nanging Aku, Pangéran, bakalngukum kowé, merga enggonmu sélakgawé dosa.36Kowé wis nisthakaké awakmudhéwé srana enggonmu nyembahbrahala-brahalané bangsa liya. Kowébakal kecuwan karo wong Mesir, kayaenggonmu kecuwan karo wong Asyur.37Kowé bakal ninggal wong Mesir kanthiwirang. Aku, Pangéran wis nyirnakakésakèhé prekara sing kokegul-egulaké.b

Kowé bakal ora olèh apa-apa."

31Pangandikané Pangéran, "Yèn anawong lanang megat bojoné, lan

bojoné mau wis lunga saka omahé kono,banjur omah-omah karo wong lanangliyané, wong lanang sing kapisan kuwi

bkokegul-egulaké: kokendelaké, kokegungaké.

Page 741: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 3.2–6 11

ora kena mbalèni tilas bojoné sing wisdipegat mau. Sebab sing mengkonokuwi bakal gawé najisé satanah kabèh.Nanging Israèl wis duwé bojo akèh,mangka saiki arep balèn karo Aku!2Padha nyawanga pucaké punthuk-punthuk. Apa ing kana ana panggonansing durung kokenggo nyundel? Kowépadha ngadhang gendhakanmu ana ingsapinggiring dalan-dalan, kaya caranéwong Arab ndhodhok ana ing ara-arasamun. Srana enggonmu slèwènganmau kowé gawé kaluputan lan najisakétanah iki.3Kuwi sebabé ora ana udan deres lanudan kiriman. Kowé wis padha karosundel sing ora duwé isin.4Saiki kowé matur marang Aku,‘Paduka menika Bapa kawula, lan Padukangasihi kawula wiwit kawula taksih laré.5Paduka mboten badhé lestantun duka,lan mboten nglestantunaken paukumanPaduka.’ Mengkono tembungmu, nangingsanyatané kowé ngetog enggonmu gawépiala."6Nalika Yosia jumeneng raja, Pangéranngandika marang aku mengkéné, "Apakowé wis weruh pokalé Israèl, wong

Page 742: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 3.7–11 12

wadon murtad kuwi? Wong mau wisninggal Aku, lan saben ana punthukdiunggahi, lan ing ngisoring saben witgedhé nglakoni nylèwèng.7Dakkira sawisé nglakoni singmengkono mau banjur arep mratobatbali marang Aku. Jebul ora mengkono,lan Yéhuda, seduluré wadon sing orasetya, weruh kabèh.8Yéhuda ngerti yèn Israèl wis Dakpegatmerga ora setya marang Aku lan dadisundel.c Nanging Yéhuda, mbakyunéIsraèl sing ora setya mau, ora wedi.Yéhuda iya dadi sundel,9 lan ora duwé isin babar-pisan. Tanahiki digawé najis merga saka enggonényembah brahala lan nyembah sujudmarang watu-watu lan wit-witan.10Sawisé mengkono Yéhuda lanIsraèl, seduluré wadon sing ora setya,éthok-éthok mratobat, mbalèni Aku.Nanging pamratobaté ora temenan. Aku,Pangéran, sing ngandika."11Pangéran banjur dhawuh karo akumengkéné, "Israèl sing murtad, ninggalAku, ketitik rada apik, ketimbang karoYéhuda, sing gorohé nemen.

csundel: pelacur (bhs. Ind.).

Page 743: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 3.12–16 1312Kowé menyanga tanah Israèl, muniamengkéné, ‘Hé Israèl sing murtad, baliamarang Aku. Aku bakal melasi kowé lanora duka menèh. Selawasé kowé bakalora Dakdukani menèh.13Mung kowé ngakonana kaluputanmu,enggonmu murtad marang PangéranAllahmu, enggonmu bola-bali nylèwèngmarani bédhangan-bédhanganmu,yakuwi nyembah brahala ana sangisoringangger wit sing gedhé, lan orangèstokaké dhawuh-Ku.’" Mengkonopangandikané Pangéran, Allah.14 "Hé umat kang ora setya, balia. Kowékuwi umat-Ku. Saka saben kutha Akubakal njupuk wong siji, lan saka sabentaler wong loro; kuwi bakal Dakbalèkakémenyang Gunung Sion.15Kowé bakal Dakparingi penggedhé-penggedhé sing mbangun-turut marangAku. Wong-wong mau bakal ngerèh kowékanthi kawicaksanan lan pangertèn.16Menawa cacahé wong Israèl wisdadi akèh ana ing tanahmu kono, PethiPrasetyané Allah bakal ora kocap menèh.Wong-wong bakal padha lali, lan pancènwis ora mbutuhaké menèh. Uga bakalora dibalèkaké menèh.

Page 744: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 3.17–21 1417Yèn kuwi wis kelakon, Yérusalèmbakal kasebut: ‘Dhamparé Pangéran’,lan bangsa-bangsa bakal padhanglumpuk mrono ngabekti marang Aku.Wong-wong bakal ora nggugu marangswaraning atiné sing wangkal.18 Israèl bebarengan karo Yéhudabakal teka saka tanah pembuwanganing Lor, lan bali menyang tanah singDakparingaké marang para leluhuré,dadi tanah pusakané turun-temurun."19Pangandikané Pangéran mengkéné,"Israèl, Aku kersa nampa kowé dadiputra-Ku lan Dakparingi tanah kangéndah, tanah sing sajagad apik dhéwé.Aku kepéngin koksebut Rama lankepéngin yèn kowé ora ninggal Akumenèh.20Nanging kowé kuwi kaya rabi singora setya, kaya mengkono enggonmuora setya marang Aku." Mengkonopangandikané Allah.21Ana swara keprungu saka pucaképunthuk-punthuk. Wong Israèl padhanangis lan sesambat, merga wis padhanglakoni dosa lan nyingkur marangPangéran, Allahé.

Page 745: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 3.22–25 1522Padha mratobata, hé kabèh singpadha nyingkur Pangéran. Panjenenganébakal ngapura pamurtadmu lanlakumu sing nasar. Kowé bakal padhamatur, "Inggih, kawula badhé sowandhateng ngarsanipun Pangéran, margiPanjenenganipun menika Allah kawula.23Panyembah kawula dhatengbrahalanipun tiyang kapir ing punthuk-punthuk mboten mikantukakenmenapa-menapa. Pitulunganipun Israèlmenika dhatengipun saking Pangéran,Allah kawula.24Panyembah dhateng Baal, déwanékanisthan, njalari kawula kécalan méndalan lembu pinten-pinten, anak jaler lanèstri, malah sedaya gadhahan kawula,tilaranipun para leluhur kawula, ingkangdipun kempalaken saking sekedhik wiwitjaman kina mila.25Sampun saukur kawula saminandhang wirang lan kanisthan. Kawulalan para leluhur kawula namung tansahdamel dosa kémawon ing ngarsanipunPangéran, Allah kawula. Kawula mbotennaté sami mbangun-turut dhatengdhawuh-dhawuhipun."

Page 746: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 4.1–5 16

41Pangandikané Pangéran mengkéné,"Hé umat Israèl, menawa kowé arep

bali, balia mréné. Yèn kowé mbuwangbrahala-brahalamu sing Daksengiti kuwilan kowé setya marang Aku,2padha janjia sing temenan demiasmané Allah kang gesang. Nuli parabangsa kabèh bakal padha nyuwunsupaya Dakberkahi lan bakal padhamemuji asma-Ku."3Pangandikané Pangéran marang wongYéhuda lan wong Yérusalèm mengkéné,"Lemahmu sing bera padha lukunen; ajanyebar wiji ing tengahé erèn.4Padha netepana prejanjianmu karoPangéran, Allahmu, lan uripmu pasrahnamarang Aku, hé kowé wong Yéhuda lanYérusalèm. Yèn ora, paukuman-Ku bakalmurub kaya geni, merga saka sakèhékaluputan sing wis koklakoni. Mangkaurubé bakal ora kena disirep, iya jalaransaka penggawému sing ala."5Ngunèkna slomprèt rata satanahkabèh! Wartakna sing cetha lan sora!Wong Yéhuda lan wong Yérusalèmpadha kandhanana supaya énggal padhangungsi menyang kutha-kutha sing anabètèngé.

Page 747: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 4.6–10 176Tuduhna dalan sing menyang Sion!Padha mlayua supaya slamet! Ajamandheg-mangu! Pangéran bakalnekakaké paukuman lan karusakangedhé saka Lor.7Kaya singa sing metu saka grumbulpandhelikané, kaya mengkono juru-pangrusaké bangsa-bangsa wis budhal.Tekané bakal numpes Yéhuda. Kutha-kuthané Yéhuda bakal dadi gempuran,lan ora ana sing bakal manggon ing konomenèh.8Mulané padha nganggoa sandhanganbagor, padha nangisa lan sesambata,merga paukumané Pangéran kangbanter ora bakal mundur saka Yéhuda.9Pangandikané Pangéran, "Ing dinakuwi raja-raja lan para penggedhébakal padha entèk atiné lan kélangankekendelané; para imam padha kagètlan trataban, sarta para nabi padhagumun."10Aku banjur matur, "Dhuh Pangéran,menapa Paduka mboten mbélanidhateng umat ing Yérusalèm menika?Paduka sampun ngandika, bilih badhéndhatengaken katentreman, mangka

Page 748: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 4.11–16 18

samenika jebul pedhang ingkangkatèmpèlaken ing gorokanipun."11Bakal tekan wektuné wong Yérusalèmpadha dikabari, yèn bakal ketekan anginpanas saka punthuk-punthuké segarawedhi. Dudu angin lumrah, sing kenadienggo napèni, kanggo misahaké beraslan mrambut.12Nanging angin kuwi bakal teka atasdhawuhé Pangéran lan banter banget!Gusti Allah piyambak sing dhawahaképaukuman marang wong-wong mau.13Delengen, tekané mungsuh kuwipresasat mendhung. Krétané perangpresasat lésus, jarané rikaté kaya manukgarudha. Adhuh cilaka aku, kita padhakatumpes.14Hé Yérusalèm, piala sing anaing atimu kuwi kumbahen, supayakowé dislametaké. Nganti pira lawaséenggonmu ngangen-angen arep gawépiala?15Ana utusan-utusan padha teka sakaDhan lan saka Éfraim ngabaraké babbakal tekané bebaya.16Tekané para utusan awèh weruhmarang para bangsa lan marangYérusalèm, yèn mungsuh pirang-pirang

Page 749: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 4.17–22 19

teka saka negara adoh. Kanthi swarasora mungsuh-mungsuh bakal padhanantang kutha-kutha ing Yéhuda.17Yérusalèm bakal dikepung landitunggoni, kaya carané wong nunggupategalané, merga Yérusalèm wisnglawan Pangéran, Allahé. Pangéran,Allah, wis ngandika.18Yéhuda! Sing nekakaké kuwi kabèhora liya iya kowé dhéwé, merga patrapéuripmu lan penggawému. Iya dosamusing marakaké kowé nandhang sangsara,nganti natoni atimu.19Adhuh Israèl! Adhuh, dhadhakulara banget! Jantungku! Jantungkudheg-dhegan kaya arep coplok-coploka!Aku ora bisa meneng; aku krunguswarané slomprèt, lan komandhonéperang.20Karusakan siji disusul karusakanliyané; nganti satanah wrata wis dadigempuran. Kémahku rusak dadakan,gordhèn-gordhèné suwèk kabèh.21Nganti pira lawasé enggonku isihbakal ndeleng pangamuké peprangan ikilan krungu swaraning slomprèt?22Pangandikané Pangéran, "Umat-Kubodho banget; padha ora wanuh karo

Page 750: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 4.23–29 20

Aku. Enggoné padha keblinger kayabocah sing ora ngerti apa-apa. Pinterémung gawé piala, nanging ora ngertigawé becik!"23Aku ndeleng bumi, bumi katoncengkar lan bera! Aku ngawasaké langit,ing langit ora ana pepadhang!24Aku ndelengaké gunung-gunung,gunung-gunung padha horeg, lanpunthuk-punthuk padha gonjang-ganjing.25Aku namataké, ing kono suwung, oraana wongé, senajan manuk-manuk pisanwis padha mabur saka kono.26Lemah sing loh wis dadi cengkar;kutha-kuthané wis dadi gempuran,merga saka paukumané Allah mulad-mulad.27 (Gusti Allah wis ngandika, yèn bumibakal dadi ara-ara samun, nanging orabakal Daksirnakaké!)28Bumi bakal sedhih kaya wong singkepatèn, langit bakal dadi peteng. Allahwis ngandika, lan penggalihé ora bakaléwah. Panjenengané wis ndhawahaképutusan, lan bakal ora dibatalaké.29Krungu gemuruhé bala jaranan lanbala pemanah, wong-wong ing tanah

Page 751: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 4.30–5.1 21

kono bakal padha ngungsi. Salong bakalpadha mlayu menyang alas, ana singmènèk munggah ing parang-parang.Saben kutha bakal suwung, lan ora anawong sing gelem manggon ing kono.30Hé Yérusalèm, kowé wis ketibanpaukuman! Yagéné kowé nganggo morijingga? Yagéné kowé nganggo hiasanmas-masan lan mripatmu kokcelak?Enggonmu dandan kuwi ora ana gunané!Kowé wis ditampik déning dhemenanmu,malah kowé arep dipatèni.31Aku krungu panjerit, kaya swaranéwong wadon sing lagi nglarani, arepnglairaké anaké sepisanan. Kuwipanjerité Yérusalèm sing megap-megapambekané. Ngegaraké tangané karomuni, "Aku ketekan paukuman! Wongsing arep matèni aku wis padha teka!"

51Hé wong ing Yérusalèm, padhamlayua ing dalan-dalan! Tamatna!

Delengen dhéwé! Menyanga pasar-pasar! Apa kowé kepethuk wong singtemen lakuné, sing ngarah supaya uripésetya marang Allah? Yèn kowé bisanemokaké wong sing mengkono, Allahbakal ngapura dosané Yérusalèm.

Page 752: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 5.2–6 222Senajan kowé ngaku yèn ngabektimarang Allah, lakumu ora cocog karotembungmu.3Gusti Allah madosi kasetyan. Senajankowé wis digebagi, nanging orakokpaèlu; kowé wis ditindhes, nangingora ngerti karepé. Atimu wangkal, oragelem mratobat medhot dosa-dosamu.4Aku mikir, "Bisa uga merga wong-wong iki mung wong cilik sing bodho,mulané uripé tanpa aturan lan ora ngertimarang dhawuhé Allah, ora ngerti apasing dikersakaké, lan sing kudu padhadilakoni.5Daknemoni para penggedhé, dakjakérembugan. Wong-wong kuwi mesthipadha ngerti apa sing didhawuhakédéning Allah, sing kudu padha dilakoni."Jebulé wong kabèh mau padha nampikngakoni wewenangé Allah lan ora gelemmbangun-turut marang Panjenengané.6Ya kuwi sebabé wong-wong maubakal padha dipatèni déning singa-singasaka alas; lan dagingé disempal-sempaldéning asu ajag saka ara-ara samun,sarta dimangsa déning macan tutulsing saba mlebu ing kutha-kuthané,samasa metu saka omahé, wong-wong

Page 753: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 5.7–11 23

mau bakal disempal-sempal. Mergadosané sing tumpuk-undhung, mangkasaben-saben padha murtad ninggalAllahé.7Pendanguné Pangéran mengkéné,"Apa gunané Aku ngapura dosanéumat-Ku? Anak-anakmu rak wis padhaninggal Aku, lan padha nyembah brahalasing ora ana paédahé? Umat-Ku wisDakparingi mangan nganti wareg,éwasemono banjur padha nyembahbrahala lan ngentèkaké wektuné kanggonyundel.8Wis kaya jaran lanang sing gedhébirainé, kepéngin ngawini jodhoningjaran liya.9Apa pokal sing kaya mengkono kuwiora Dakukum, apa penggawéné bangsaiki ora mesthi Dakwales?10Aku bakal nekakaké mungsuh-mungsuhé, ngrusak kebon angguré,nanging ora nganti tapis. Pang-pangéwit anggur Dakdhawuhi nyempali, mergapang-pang mau dudu kagungan-Ku.11Wong Israèl lan wong Yéhuda bangetenggoné padha goroh marang Aku. Aku,Pangéran kang ngandika!"

Page 754: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 5.12–17 2412Umaté Allah wis nyélakiPanjenengané lan padha muni,"Panjenengané dudu Allah" lan menèh,"Kita bakal ora nandhang kasusahanapa-apa; bakal ora ana perang lanpaceklik."13Kandhané menèh, "Nabi-nabi kuwirak mung ngayawara. Ora padhamedharaké pangandikané Allah. Karebènpaukuman mau nekanana wong kuwidhéwé." Pangéran Allah ngandikamarang aku, "Yérémia, sarèhné wong-wong mau padha kandha mengkono,pangandika-Ku bakal Dakdadèkakékaya geni sing metu saka lambému.Wong-wong mau bakal kaya kayu garing,sing entèk kobong kabèh."14 (5:13)15Hé wong Israèl, Allah bakal nekakakébangsa saka adoh nglurugi kowé. Bangsamau ampuh lan wis ana wiwit jamankuna mula, bangsa sing kowé ora ngertibasané.16Bala pemanahané kuwi tentara singpeng-pengan, sing matèni tanpa welas.17Kuwi bakal nguntal panènmu lanpanganmu; matèni anakmu lananglan wadon. Bakal nyembelèh wedhus

Page 755: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 5.18–22 25

lan sapimu, sarta ngrusak anggurmulan witmu ara. Kutha-kuthamu singdisentosani nganggo bètèng lankokendel-endelaké bakal digempurkabèh.18Pangandikané Pangéran,"Éwasemono ing dina kuwi Akuora arep ngremuk umat-Ku nganti tapis.19Yérémia, yèn ana wong takon,apa sebabé Aku tumindak mengkono,wangsulana, ‘Sarèhné wong Israèl wisninggal Aku lan nyembah allah liyanénalika isih manggon ana ing tanahédhéwé, mulané saiki bakal dadi baturéwong manca ana ing negara liya.’"20Pangandikané Pangéran, "Anak-turuné Yakub kandhanana, wong-wongYéhuda wènèhana weruh,21 ‘Rungokna, hé wong bodho lan tanpabudi. Kowé duwé mripat nanging orandeleng, kowé duwé kuping nanging orangrungu.22Aku iki Pangéran; yagéné kowéora wedi karo Aku? Yagéné kowéora gemeter ing ngarsa-Ku. WedhiDakdadèkaké watesé segara, wates singora kena dilangkahi. Senajan ombaké

Page 756: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 5.23–29 26

molak-malik, lan jumegur iya ora bisangliwati wates mau.’23Nanging kowé kuwi bangsa sing atinéwangkal lan mbangkang. Kowé nylèwènglan ninggal Aku.24Kowé ora tau mosik ing sajroningatimu, ‘Dakngabekti marang Allah!’Senajan Aku nekakaké udan, iya udanawal, iya udan akir miturut wektuné,sarta saben taun nekakaké panèn.25Nanging dosa-dosamu gawé wurungébarang-barang becik mau lan pialamungedohaké kabegjan saka ing kowé.26 Ing antarané umat-Ku ana sing alaatiné, sing arep njiret wong carané kayawong sing masang jaring arep njaringmanuk.27Wong mau kurungané dikebakimanuk, iya mengkono enggonéngebaki omahé nganggo barang-barangrampasan. Mulané padha sugih-sugih langedhé wibawané,28 sarta awaké lemu ginuk-ginuk.Pialané ngluwih-ngluwihi. Bocah lola oradiwènèhi apa sing dadi haké, lan wongmlarat ora dilayani kanthi adil.29Nanging Aku, Pangéran, bakalngukum penggawéné wong-wong mau,

Page 757: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 5.30–6.4 27

bakal Dakwales sakèhé pialané bangsaiki.30Apa sing wis kelakon ana ing tanahkéné kuwi nisthané katog:31Nabi-nabiné padha mulangakégoroh. Para imam padha tundhuk karopréntahé nabi-nabi. Mangka umat-Kupadha seneng waé karo kaanan singkaya mengkono. Nanging yèn kuwi maukabèh wis katog banjur apa sing bakalditindakaké?"

61Hé wong Bènyamin, padha mlayuametu golèk pangungsèn! Oncata

saka Yérusalèm! Slomprèt ing Tekoaunèkna. Gawéa pretandha geni ingBèt-Kerem. Sebab saka Lor bakal tekabebaya lan pangrusak.2Kutha Sion kuwi éndah, nanging bakalkarusak.3 Ing panggonan kono para rajabakal padha nancepaké kémah kanggopengasoané wadyabalané. Kémah-kémahé bakal ditancepaké ngepungkutha Sion, saben wong milih panggonansing disenengi.4Wong-wong mau bakal muni, "Ayopadha tata-tata nyerbu Yérusalèm!Saben wong kudu siaga! Kita bakal

Page 758: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 6.5–9 28

nyerbu ing wayah awan! Nanging saikiwis kasèp. Saiki wis soré. Sedhélamenèh bakal peteng.5Beciké kita nyerbu mengko bengi waé;bètèngé kutha kita gempur dhisik."6Pangéran dhawuh marang para rajamau supaya negori wit-witan lan nguruglemah ing sakubengé témbok-témbokéYérusalèm. Pangandikané Pangéran,"Aku bakal ngukum kutha iki merga sakaakèhé panindhes kang kelakon ana ingkono.7Kaya déné etuk ngetokaké banyu,kaya mengkono Yérusalèm enggonébakal nindakaké piala. Aku krunguswaraning pangrodha-peksad lankarusakan ana ing kutha kono, singDakpirsani mung wong lara lan wongkang padha ketaton thok.8Hé wong ing Yérusalèm, kasusahaniki dadia pepéling marang kowé. Yènora, kowé bakal Daktégakaké. Kuthamubakal Dakwalik dadi ara-ara samun, landadi tanah sing suwung."9Pangéran Allah Kang Mahakwasangandika marang aku mengkéné, "Israèlbakal diprithili kaya kebon anggur

dngrodha-peksa: memperkosa (bhs. Ind.).

Page 759: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 6.10–13 29

sing diasag wohé sawisé diundhuh.Mulané tulungana saben wong sing bisakokslametaké mumpung isih ana wektu."10Atur wangsulanku, "Sinten ingkangpurun mirengaken menawi kawulapituturi utawi kawula émutaken?Margi manahipun wangkal lan nampikpangandika Paduka. Kawula namungbadhé dipun gegujeng, menawinyariyosaken menapa ingkang Padukangandikakaken dhateng kawula wau.11Paukuman Paduka dhateng tiyang-tiyang damel bentèring manah kawula,Gusti. Lan kawula mboten sagedngampet malih!" Pangéran banjurngandika marang aku, "Paukuman-Kuesokna marang bocah-bocah sing anaing dalan-dalan, suntaken ana ingsatengahé para nonoman. Bapa lanbiyung bakal padha ditawan, semonouga kaki-kaki lan nini-nini.12Omahé bakal dienggoni déningwong liya, mengkono uga palemahané;bojo-bojoné padha digawa. Wongsatanah kéné bakal Dakukum kabèh.13Saben wong, gedhé-cilik padhangarah bathi srana goroh. Malah tekan

Page 760: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 6.14–17 30

para nabi lan para imam padha ngapusirakyat.14Pangucapé marang umat-Ku, kayamung weruh tatu mlècèt sethithik,mula pangucapé, ‘Ora apa-apa’, senajansatemené tatu mau gawat.15Apa padha duwé rasa isin nindakakésing mengkono mau? Ora! Babar-pisanora padha isin. Rainé mbrabak waéora. Mulané bakal padha tiba, barengkaro wong-wong liyané. Aku bakalrawuh lan ngukum wong-wong kuwi.Lah mengkono bakal pungkasanéwong-wong mau. Aku Pangéran wisngandika!"16Pangandikané Pangéran marangumaté, "Ngadega ana ing prapatan lanngawasna. Takokna dalan sing lawasdhéwé, lan takona dalan sing becikdhéwé, kuwi ambahen, supaya uripmudadi tentrem." Nanging wong-wong maupadha mangsuli, "Mboten! Kula mbotenbadhé ngambah mergi menika."17Pangandikané Pangéran menèh, "Akuwis ngangkat wong jaga, sing bakalngandhani kowé supaya nitèni uninétengara slomprèt." Nanging wong-wong

Page 761: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 6.18–23 31

mau padha mangsuli, "Kula mbotenpurun mirengaken."18Pangéran nuli ngandika menèh,"Rungokna, hé sakèhé bangsa-bangsa.Titènana apa sing bakal dialami déningumat-Ku.19Hé bumi, ngrungokna! Aku bakalnekakaké paukuman marang bangsa iki,yakuwi ngundhuh rancangané dhéwé.Merga padha ora nitèni pangandika-Ku,lan dhawuh-dhawuh-Ku padha ditampik.20Lah apa gunané Aku kasaosanmenyan saka Syéba utawa wewangènsing asalé saka tanah adoh? Sesaosanébakal Daktampik lan kurban-kurbané orandadèkaké renaning penggalih-Ku.21Mulané bangsa mau bakal Dakgawékesandhung lan tiba. Para bapak lananak-anaké bakal mati, mengkono ugamitra-mitra lan para tanggané bakalpadha tiwas."22Pangandikané Pangéran mengkéné,"Bangsa saka tanah Lor bakal teka.Bangsa gedhé saka panggonan singadoh asalé bakal nglurug perang.23Padha nggawa panah lan pedhang,ambek nganiaya lan ora duwé welas.Samasa teka padha nunggang jaran

Page 762: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 6.24–29 32

swarané jumegur kaya samodra.Kabèh wis siaga arep nempuh kuthaYérusalèm."24Aku padha krungu opyaké, mulatanganku padha jimpé, atiku ajur, perihrasané, kaya wong wadon sing laginglarani.25Kita padha ora wani metu menyangpategalan utawa mlaku ana ing dalan-dalan, merga mungsuh padha nggawagegaman lan ana ing ngendi-endi anapagiris.26Pangandikané Pangéran marangumaté, "Padha nganggoa bagor lannglésoda ana ing awu. Padha sesambatakaya wong sing kepatèn anaké lanangontang-anting, merga mungsuh singarep numpes kowé wis cedhak.27Yérémia, umat-Ku lèlèren, kayapatrapé wong sing ngluluh wesi,delengen kepriyé sanyatané.28Umat kuwi atiné wangkal lan senengnglawan. Atosé atiné presasat prunggulan wesi. Kabèh padha kebak piala.29Pawoné murub sakatogé, nangingwesiné ora lèlèh. Tanpa guna nglèlèrumat-Ku, merga wong sing ala ora kenadipisah.

Page 763: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 6.30–7.6 3330Mulané umat-Ku bakal karan ‘Barangtampikan’, merga wong-wong mauwis padha Daktampik." Mengkonopangandikané Pangéran.

71Aku didhawuhi Pangéran ngadegana ing gapurané Pedalemané Allah,

sing kanggo liwat wong Yéhuda, enggonéarep padha ngibadah. Aku didhawuhingumumaké apa sing bakal ditindakakédéning Pangéran Allahé Israèl KangMahakwasa. Pangandikané Pangéran,"Nindakna kabecikan, mesthi kowéDaklestarèkaké manggon ing tanahkéné.2 (7:1)3 (7:1)4Aja ngandel marang tembungapus-apus, sing muni, ‘Kita aman anaing kéné. Iki Pedalemané Allah, ikiPedalemané Allah, iki Pedalemané Allah!’5Menawa kelakuan lan penggawémubecik, yèn kowé tumindak adil siji karosijiné.6Menawa kowé ora nyia-nyia marangwong manca, bocah lola lan randha,sarta ora ngwutahaké getihé wong resikana ing panggonan kéné, apa déné

Page 764: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 7.7–13 34

ora manut marang allah liyané, kangndadèkaké bilaimu dhéwé.7Kowé mesthi bakal Daklestarèkakémanggon ana ing tanah kéné, tanah singwis Dakparingaké marang leluhurmudadi tanah pusakané."8 "Nanging kowé padha ngandel marangtembung goroh.9Kowé padha nyolong, mematèni,nyembah brahala, wani sumpah palsu,awèh sesajèn marang Baal, sartanyembah allah-allah sing ora kokkenalsadurungé.10Kowé wis padha nglakoni prekara-prekara sing Daksengiti, banjurkowé sowan ing ngarsa-Ku, ana ingPedaleman-Ku karo muni, ‘Ing kéné kitaaman!’11Apa kokkira Pedaleman-Ku ikipandhelikané bégal? Aku pirsa sakèhépenggawému.12Lungaa menyang Silo, panggonansing Dakpilih kanggo manembah marangAku. Delengen apa kang Daktindakakébab panggonan kuwi, merga sakadosané umat Israèl.13Kowé wis padha nglakoni dosa-dosasing kaya mengkono uga. Senajan kowé

Page 765: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 7.14–18 35

wis bola-bali Dakélikaké, éwasemonokowé padha ora gelem ngrungokaké.Kowé wis Daktimbali nanging oramangsuli.14Mulané apa sing Daktindakakémarang Silo, uga bakal Daktindakakémarang Pedaleman iki, sing kokendel-endelaké. Ya ing panggonan, sing wisDakparingaké marang para leluhurmuiki, Aku bakal nindakaké apa sing wisDaktindakaké ana ing Silo.15Kowé bakal Daktundhung sakangarsa-Ku, padha kaya enggon-Kumbéngkas sakèhé para sedulurmu, wongIsraèl. Aku, Pangéran, wis ngandika."16Pangandikané Pangéran mengkéné,"Yérémia, bangsa iki aja kokdongakaké.Aja koktangisi lan aja koksuwunaké apa-apa. Aja koksuwunaké welas marangAku, merga panyuwunmu mesthi oraDakpiyarsakaké.17Apa kowé ora weruh apa sing padhadilakoni ana ing kutha-kuthané Yéhuda,lan ing dalan-dalan ing kutha Yérusalèm?18Bocah-bocah padha nglumpukakékayu. Wong lanang-lanang padha gawégeni gedhé, wong wadon-wadon padhangulet jladrèn, padha dienggo gawé

Page 766: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 7.19–23 36

emplèk-emplèk sesajèn kanggo déwawadon sing diarani PramèswariningLangit. Kejaba kuwi uga awèh sesajènanggur marang allah liya-liyané, mulapadha gawé gerahing penggalih-Ku.19Nanging satemené apa Aku singpadha ditatoni? Ora, dhèwèké padhanatoni awaké dhéwé.20Mulané Aku, Pangéran KangMahakwasa, bakal ngesokaképaukuman-Ku marang PedalemanéAllah iki. Dakesokaké marang manungsalan kéwan, malah marang wit-witan lantanduran sing ana ing sawah-sawah.Paukuman-Ku bakal kaya geni sing orakena disirep.21Hé umat-Ku, ana kurban singkokobong nganti entèk ana ing mesbèh,nanging ana sapérangan sing olèhkokpangan. Kanggoné Aku, kurban maukena kokpangan kabèh.22Sing Dakdhawuhaké marangleluhurmu nalika Dakentasaké sakatanah Mesir kuwi dudu bab kurbanobongan utawa kurban sembelèhan.23Nanging bab mbangun-turut marangAku, kuwi sing Dakdhawuhaké, nuli Akubakal dadi Allahé, lan wong-wong mau

Page 767: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 7.24–28 37

dadi umat-Ku, sing mlaku ngambahdalan sing Daktuduhaké, mula bakalpadha nemu kabegjan.24Nanging wong-wong mau padhaora mbangun-turut utawa nggatèkaké,malah padha wangkal atiné lan nggugukarepé dhéwé, nganti kaanané sayatambah rekasa.25Wiwit wektuné para leluhurmu padhaluwar, metu saka tanah Mesir tekansepréné, Aku ora kendhat-kendhatngutus abdi-Ku para nabi nekani kowé.26Nanging ora ana sing digatèkaké.Malah atimu saya wangkal lanpembangkangmu ngungkuli paraleluhurmu.27Dadi Yérémia, pangandikakuwi kandhakna marang umat-Ku.Éwasemono bakal ora padha gelemngrungokaké. Senajan kokundang karobengok-bengok, éwasemono bakal orapadha semaur.28Senajan kokpituturi supaya bangsaiki mbangun-turut marang Aku,Pangéran Allahé, utawa kokkandhanimanut piwulang lan paukuman sing wisdidhawahaké, wong-wong bakal orangrèwès. Kasetyan marang prejanjian-

Page 768: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 7.29–32 38

Ku wis sirna, malah digunem waé wisora."29 "Hé para wong ing Yérusalèm,rambutmu padha cukuren lan buwangen.Padha ngidungna kidungé wong singlagi kepatèn. Ngidunga ana ing pucaképunthuk-punthuk. Merga Aku, Pangéranlagi duka, lan umat-Ku wis Daktampik.30Wong-wong Yéhuda wis padhanglakoni piala. Wong-wong mau padhamrenahaké reca-recaning brahalanéana ing Pasucèn-Ku, lan padha najisakéPedaleman-Ku.31Ana ing Lebak Ben-Hinom padhagawé mesbèh, sing padha disebut Tofèt,kanggo ngurbanaké anak-anaké lananglan wadon kaobong ing geni. Aku ora taundhawuhaké sing mengkono, lan ya oratau ana penggalih sing mengkono.32Mulané bakal ana wektuné,panggonan kono ora kasebut Tofètutawa Lebak Ben-Hinom, nangingLebak Panyembelèhan. Panggonan maubakal kagawé kuburan, sebab ora anapanggonan liyané sing kena dienggongubur.

Page 769: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 7.33–8.4 3933 Jisimé bangsa iki bakal dadi pakanémanuk lan kéwan galak, lan ora ana singnggusahi.34Tanahé bangsa iki bakal dadi ara-arasamun. Ing kutha-kuthané Yéhuda laning dalan-dalané Yérusalèm bakal oraana swaraning kabungahan. Lan bakalora ana giyak-giyaké wong sing jagonging pésta mantèn, sebab tanah iki bakalDakdadèkaké gempuran.

81 Ing wektu kuwi balungé pararaja ing Yéhuda, lan balungé para

penggedhé, sarta balungé para imam lanpara nabi, apa déné balungé para wongisiné Yérusalèm, bakal padha diwetokakésaka kubur-kuburé.2Padha dielèr ing cedhaké srengéngé,rembulan sarta lintang-lintang, singditresnani, dianut, disembah, lan dijalukipitulungan sarta disujudi déning bangsaiki.3Kekarèné bangsa ala iki sing Daksebaring endi-endi, bakal pilih mati ketimbangkaro urip. Aku, Pangéran Allah KangMahakwasa wis ngandika."4Aku didhawuhi Pangéran kandhamengkéné marang umaté, "Wong upamatiba apa ora tumuli ngadeg menèh? Yèn

Page 770: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 8.5–8 40

wong lakuné kesasar, apa ora mbalikmenèh.5Nanging yagéné umat-Ku sing ninggalAku ora tau bali menèh? Kowé padhagondhèlan kenceng karo brahala-brahalamu, tanpa gelem mratobat, balimarang Aku menèh.6Aku nilingaké supaya mireng, nangingora tau mireng wong sing caturan kanthijujur. Ora ana siji waé ing antaramu singnggetuni penggawéné sing ala. Ora anasiji waé sing takon, ‘Kaluputanku apa?’Saben wong padha nerusaké pialanédhéwé-dhéwé, kaya jaran mbedhalmenyang peprangan.7Manuk bango ngerti bali yèn wistekan mangsané, semono uga manukdara, manuk kedhalie sarta kuntulngerti mangsané ngalih panggonan.Nanging umat-Ku ora ngerti tatananpepréntahan-Ku.8Kokbisa-bisamu kandha yèn kowékuwi wicaksana lan ngerti marangdhawuh-dhawuh-Ku? Ngertia yèndhawuh-dhawuh-Ku wis diowahi déningpara ahli Torèt.

ekedhali: peksi sriti.

Page 771: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 8.9–13 419Para wasis mau bakal padhakwirangan, bingung dhéwé lankewelèh. Satemené wis padha nampikpangandika-Ku, banjur isih kadunungankawicaksanan apa?10Mulané tanah garapané bakalDakpasrahaké wong liya, lan bojonéDakparingaké marang wong liya. Sabenwong, gedhé cilik, kabèh padha ngarahbathi srana goroh. Dalah nabi-nabi lanpara imam pisan padha tegel ngakalirakyat.11Padha arep nambahi tatuné bangsa-Ku, nanging anggepé tatuné mau orasepiraa. Tembungé, ‘Wis apik kabèh’,mangka satemené kabèh ora ana singbecik.12Hé umat-Ku, apa kowé ora isinnglakoni kanisthan sing semonogedhéné? Jebul kowé ora rumangsakwirangan. Kowé ora idhep isin. Mulanékowé bakal rubuh kaya wong liya-liyané.Lan kuwi bakal kelakon samasa Akunekakaké paukuman-Ku marang kowé.Aku, Pangéran wis ngandika.13Umat-Ku bakal Dakundhuh, kayacarané wong ngundhuh panènané.Nanging ibaraté wit anggur, ora ana

Page 772: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 8.14–17 42

wohé anggur; ibaraté wit anjir, wohéanjir ora ana. Malah godhongé waé wispadha alum. Mulané tanah garapan maubakal Dakpasrahaké marang wong liya."14Umaté Allah banjur padha rerasananmengkéné, "Yagéné kita padha thenguk-thenguk waé? Ayo padha nglumpuk,mlebu kutha-kutha sing ana bètèngé,lan mati ana ing kana. Kita wis ditibaniukuman pati déning Allah kita. Kitadiparingi ngombé wisa, merga kitawis padha nglakoni dosa marangPanjenengané.15Kita ngarep-arep tekané katentremanlan kabegjan, jebul sing teka mungpagiris.16Mungsuh-mungsuh kita wis padhatekan kutha Dhan; kita wis padha krungumbengingèhé jaran-jarané. Satanahkabèh padha gemeter krungu swaranébala jaranan saya cedhak. Tekanémungsuh mau bakal ngrusak tanah kitadalah saisiné kabèh, kutha-kutha lansakèhé wong sing manggon ana ingkono."17 "Diawas, sebab Aku bakal nekakakéula ing antaramu, ula sing mandi, sing

Page 773: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 8.18–9.1 43

ora kena dijapani, bakal padha nyokotkowé."18Sedhihku ora kena dilipur, atikuprihatin banget.19Rungokna panangisé bangsaku;sanegara padha nangis kabèh,tembungé, "Apa Pangéran wis ora anaing Sion? Apa Ratuning Sion wis oradhedhampar ana ing kana menèh?"Pangéran, Ratuné paring wangsulan,"Yagéné kowé gawé duka-Ku sranaenggonmu nyembah marang brahala,lan srana enggonmu sujud marangbrahala-brahala ngamanca sing ora bisaapa-apa?"20Umat mau banjur padha kandha,"Mangsané panas wis kliwat, panèné wisrampung, nanging kita meksa durungkapitulungan slamet."21Atiku remuk, merga bangsakudiremuk; aku sedhih kaya wong singkepatèn, atiku semplah babar-pisan.22Apa ing Giléad ora ana tamba? Apaing kana ora ana dokter? Apa sebabédéné bangsaku larané ora mari-mari?

91Mbok sirahku dadia etuk singngetokaké banyu, lan mripatku dadia

Page 774: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 9.2–7 44

pancuraning eluh, supaya aku rina wengibisa nangisi umatku sing padha dipatèni.2Upama aku manggon ing ara-arasamun, aku bakal bisa lunga ninggalbangsaku, merga bangsaku padhanylèwèng kabèh, klebu golongané wongsing kianat.3 Ilaté gampang ngucapaké tembunggoroh; dudu keadilan lan kabeneran,nanging goroh sing ngerèh ing tanahkono. Pangandikané Pangéran, "Umat-Kukelantur-lantur nindakaké piala, lan orangakoni yèn Aku iki Allahé."4Saben wong jumaga ing ngatasémitrané, lan ora ana wong ngandel karoseduluré dhéwé; sebab sedulur-sedulurétukang mukir kaya Yakub, lan sabenwong mitenah mitrané dhéwé.5Wong kabèh padha ngapusi kancané,ora ana sing kandha sanyatané. Ilatéwis dikulinakaké ngucap goroh, lanora ana sing marèni dosané. Tindakkekerasan siji nusul sijiné, laku goroh sijidisusul liyané. Pangéran ngandika yènPanjenengané ditampik déning umaté.6 (9:5)7 Iya merga sing mengkono mauPangéran Kang Mahakwasa ngandika,

Page 775: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 9.8–11 45

"Umat-Ku bakal Daklebur kaya slaka,Daklèlèr supaya murni. Umat-Ku wisnglakoni piala, ora liya kudu Dakleburlan Daklèlèr.8 Ilaté padha karo panah sing dicencemf

ing wisa; selawasé mung ngucapakégoroh thok. Saben wong omongé maniskaro pepadhané, nanging sanyatanémasang kala-jiret.9Apa penggawé sing mengkonokuwi Daktogaké waé, apa piala singmengkono mau ora wajib diwales? Aku,Pangéran, wis ngandika!"10Aturku, "Kawula badhé nangisiredi-redi lan tanah-tanah pangènan,margi sami garing, mangka mbotenwonten tiyang ingkang langkung ingngriku. Swantening lembu lan méndamboten kepireng malih, peksi lan kéwangalak inggih sampun sami késah sakingngriku."11Pangandikané Pangéran, "Yérusalèmbakal Dakgawé jugrugan, sing dienggoniasu ajag. Kutha-kuthané Yéhuda bakalDakdadèkaké gempuran, sing ora kenadienggoni."

fdicencem: dipun kum, dipun rendhem.

Page 776: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 9.12–16 4612Aku banjur matur, "Dhuh Pangéran,kénging menapa tanah menika dadosrisak, garing lan suwung kados ara-arasamun, ngantos mboten wonten tiyangingkang langkung ing ngriku? Menapawonten tiyang wasis ingkang mangertosmaksudipun menika sedaya? Sinteningkang Paduka blakani ngantos sagednerangaken dhateng tiyang sanès?"13Pangandikané Pangéran, "Kuwi kabèhtekané merga umat-Ku wis ninggalpiwulang sing wis Dakparingaké, padhaora dièstokaké, lan padha ora nglakoniapa sing dadi dhawuh-Ku.14Malah padha mangkotaké atiné, sartanyembah sujud marang reca-recanéBaal, manut piwulangé para leluhuré.15Mulané, saiki rungokna pangandika-Ku, Pangéran Kang Mahakwasa, AllahéIsraèl, lan apa sing bakal Daktindakaké:Umat-Ku bakal Dakwènèhi panganbutrawalig lan Dakombèni banyurempelu.16Bakal Daksebar ana ing antaranébangsa-bangsa sing ora padhadingertèni, utawa disumurupi déningpara leluhuré. Kejaba kuwi Aku bakal

gbutrawali: bratawali.

Page 777: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 9.17–21 47

ngirim tentara sing merangi, ngantiumat-Ku tumpes kabèh."17Pangéran, Allah Kang Mahakwasangandika, "Nitènana apa sing saikikelakon! Nekakna para wong wadon singpadha nangis yèn ana wong kepatèn.Wong-wong mau konen nglagokakékidung panguburan."18Pangucapé wong-wong ingYérusalèm, "Para wong nangis kuwiénggal tekakna, bèn nglagokaké kidungpanguburan kanggo kita, nganti mripatkita nètèsaké luh lan tlapukané nrocossaka deresé luh sing metu."19Rungokna swaraning wong padhasesambat ing Sion, "Aku wis padhakatumpes, aku padha kwirangan banget!Aku kudu padha ninggal tanahku;omahku padha dirubuhaké."20Aku mangsuli, "Hé para wongwadon! Padha rungokna pangandikanéPangéran. Anak-anakmu wadonwarahana nyanyi kidung pesambat, lanpara mitramu warahana nglagokakékidungé wong kepatèn.21Adhuh, pati wis mlebu ing omah kitametu ing jendhéla, malah wis mlebu anaing kedhaton. Anak kita padha dipatèni

Page 778: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 9.22–25 48

ana ing dalan-dalan, lan nonoman kitadipatèni ana ing pasar-pasar.22 Ing ngendi-endi ana jisim patinggléthak, kaya tumpukan kotoran kéwaning pategalan, kaya gandum sing dieritlan ditinggal mengkono waé déning singngenèni, tanpa ana sing nglumpukaké.Iki kabèh didhawuhaké déning Pangéranmarang aku, sing kudu dakwartakaké."23Pangandikané Pangéran, "Wong wasisaja ngumukaké kawicaksanané, lanwong rosa aja gemunggung ngumukakékarosané, utawa wong sugih ajangendelaké kasugihané.24Yèn ana wong sing arep umuk, umukaenggoné duwé sesurupan ing ngataséAku lan ngerti marang kersa-Ku, mergasih-kadarmané tetep ing selawasé, lanAku nindakaké kabeneran lan keadilanana ing bumi. Prekara-prekara singmengkono kuwi sing ndadèkaké renaningpenggalih-Ku." Mengkono pangandikanéPangéran.25Pangéran ngandika mengkéné,"Bakal tekan wektuné Aku ngukumbangsa Mesir, Yéhuda, Édom, Moablan wong-wong sing manggon ana ingara-ara samun, sing padha ngethok

Page 779: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 9.26–10.5 49

rambuté. Bangsa-bangsa mau padhatetak, nanging ora netepi prejanjiansing ditandhani nganggo tetak mau.Bangsa-bangsa iki padha kaya bangsaIsraèl, ora padha netepi prejanjian-Ku."26 (9:25)

101Hé umat Israèl, rungoknapangandikané Allah marang kowé

mengkéné,2 "Aja nurut dalané bangsa-bangsa liya;aja padha kagèt déning rerupan singkaton ing langit, senajan bangsa-bangsaliya padha giris.3Kaprecayané bangsa-bangsa mauora teges, ora ana ajiné. Cethanémengkéné: Wong negor wit ana ingalas, kayuné banjur diukir-ukir nganggopiranti déning kriya.h4Nuli direngga nganggo slaka lanemas. Sawisé mengkono dipaku ana ingpanggonané, supaya ora tiba.5Reca-reca sing mengkono kuwirak ora béda karo wewedèn manuksing dipasang ana ing pategalan, singpadha ora bisa caturan. Kudu padhadigéndhong mrana-mréné merga orapadha bisa mlaku dhéwé. Aja padha wedi

hkriya: tukang emas (kemasan).

Page 780: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 10.6–10 50

karo brahala-brahala mau, sebab orapadha bisa ngganggu-gawé manungsa,ora bisa gawé becik utawa ala marangkowé."6Dhuh Allah, mboten wonten ingkangnyamèni Paduka; Paduka menikamahakwasa. Paduka menika mahaluhursaha mahasekti.7Sinten ingkang mboten badhéngluhuraken asma Paduka. Ratuningpara bangsa? Paduka pantes kacaosankaurmatan. Mboten wonten ingkangkados Paduka, ing antawisipun paramanungsa ingkang wicaksana, utawiantawisipun para raja.8Tiyang-tiyang sedaya wau gemblunglan tanpa budi, saged angsal piwulangmenapa, saking reca kajeng?9Reca-reca wau kalapis mawi slakasaking Spanyol, mawi emas saking Ufas,asiling pedamelanipun kriya. Sami dipunenggèni sandhangan bludru wungu,asil tenunanipun tukang tenun ingkangtrampil.10Nanging Paduka, dhuh Allah, menikasaèstu Allah. Paduka menika Allahingkang gesang, Ratu ingkang langgeng.Menawi Paduka duka, jagad gemeter,

Page 781: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 10.11–16 51

para bangsa mboten kiyat nadhahipaukuman Paduka!11 (Wong-wongmu padha kandhananayèn brahala kuwi ora nitahaké langit lanbumi. Malah bakal padha disirnakakésaka ing bumi.)12Pangéran nitahaké bumi sranapangwasané; srana kawicaksananéenggoné nitahaké jagad sarta njèrèngsakèhé langit.13Atas dhawuhé, banyu sing ana inglangit banjur padha gemuruh, ndadèkakéméga mumbul saka pungkasané bumi.Panjenengané ndhawuhaké bledhègmbarengi tibané udan, lan angindiwetokaké saka gudhang simpenané.14Ndeleng sing mengkono mau,manungsa ngrumangsani enggonébodho lan dudu apa-apa. Kriyasing ngukir-ukir reca banjur padhakwirangan, merga brahala gawéaningtangané mau allah palsu lan barangmati.15Barang sing ora ana ajiné lanngguyokaké; sarta bakal dilebur déningAllah.16Allahé Yakub ora kaya brahalakuwi. Panjenengané kang nitahaké

Page 782: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 10.17–22 52

samubarang; sing milih Israèl dadi umatkagungané, asmané kasebut Allah KangMahakwasa.17Hé wong Yérusalèm, kowé wisdikepung! Barang-barangmu klumpukna.18Kowé bakal dibuwang déningPangéran saka tanah kéné. Kowé bakaldiremuk kabèh, siji waé ora ana singkari. Pangéran wis ngandika.19Wong-wong ing Yérusalèm padhasesambat, "Adhuh cilaka temen awakku,awakku kebak tatu, sing ora kenaditambani! Kaya mengkéné sangsarasing kudu daksandhang!20Kémahku wis rusak kabèh, tali-talising kanggo nyancang wis padha pedhot.Anak-anakku wis padha ninggal aku,ora ana sing kèri ngedegaké kémahkumenèh. Ora ana sing masang kémah lanngetrapaké geberé."21Wangsulanku, "Para pemimpin kitasami bodho-bodho; ora padha nyuwunpirsa marang Allah. Kuwi sing marakaképadha ora olèh gawé, lan njalariwong-wong kita padha pating slebar.22Rungokna! Ana kabar teka! Bakalana gègèr teka saka bangsa-bangsatanah Lor. Wadyabalané bakal ngrusak

Page 783: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 10.23–11.2 53

kutha-kuthané Yéhuda dadi gempuranlan ara-ara samun, sing dienggoni asuajag."23Dhuh Allah, kawula sami mangertos,bilih manungsa mboten kwasa ngerèhlampahipun piyambak; lan tiyangingkang mlampah mboten kwasamrenahaken jangkahipun piyambak.24Dhuh Allah, umat Paduka mugikawelèhaken, namunga sawetawiskémawon, sampun mawi paukumanPaduka, supados kawula mboten samisirna sedaya.25Paukuman Paduka mugi kaesoknadhateng bangsa-bangsa ingkang mbotennyembah dhateng Paduka, sarta dhatengtiyang-tiyang ingkang nampik Paduka.Tiyang-tiyang menika sami mejahiumat Paduka, ngantos kawula samitumpes babar-pisan, sarta tanah kawulakadadosaken gempuran.

111Pangandikané Pangéran marangaku mengkéné,

2 "Kowé ngrungokna surasané janji iki.Lan iki dhawuhna marang para wonging Yéhuda lan wong-wong sing padhamanggon ana ing Yérusalèm,

Page 784: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 11.3–7 543yèn Aku Pangéran Allahé Israèl bakalnibakaké paukuman marang saben wongsing ora netepi surasané Prejanjian kuwi.4Prejanjian kuwi Dakanakaké karopara leluhuré nalika Dakirid metu sakatanah Mesir. Yakuwi tanah sing kanggonéIsraèl kaya pawon paleburan wesi.Wong-wong mau Dakdhawuhi supayapadha mbangun-turut karo Aku lannetepi sakèhé dhawuh-dhawuh-Ku.Yèn padha mbangun-turut bakal dadiumat-Ku lan Aku dadi Allahé.5Aku bakal netepi janji-Ku marangpara leluhuré, yakuwi Dakparingi tanahsing subur lan makmur kaya sing padhadienggoni saiki." Unjukku, "Inggih,Gusti."6Pangandikané Pangéran marang aku,"Pangandika iki kabèh dhawuhna marangkutha-kuthané Yéhuda lan wartaknaana ing dalan-dalan ing Yérusalèm.Kandhakna mengkéné, ‘Kowé padhangrungokna surasané prejanjian iki lanpadha tetepana.’7Nalika para leluhuré Dakentas sakatanah Mesir wis Dakweling kanthibanget supaya padha mbangun-turutmarang Aku, lan weling-Ku mau ora

Page 785: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 11.8–11 55

kendhat-kendhat Dakambali tekansepréné.8Nanging wong-wong mau ora padhangrungokaké lan ora padha mbangun-turut. Saben wong tetep mangkotakéatiné lan nglakoni piala kaya singuwis-uwis. Padha Dakdhawuhi netepiPrejanjian, nanging ora ngèstokaké.Mulané nuli Dakdhawahi paukuman singkasebut ana ing Prejanjian mau."9Pangéran nuli ngandika marang aku,"Para wong ing Yéhuda lan wong-wongsing padha manggon ing Yérusalèmpadha rujuk arep nglawan Aku.10Ateges wong-wong mau padhambalèni durakané para leluhuré, singiya padha emoh nggatèkaké dhawuh-dhawuh-Ku. Malah banjur padhanyembah allah-allah liyané. TurunéIsraèl lan turuné Yéhuda wis padhanglanggar Prejanjian sing Dakgawé karopara leluhuré.11Mulané saiki padha Dakpituturiyèn Aku bakal nekakaké karusakan,lan wong-wong ora bakal bisa oncat.Samasa padha sesambat marang Aku,Aku bakal ora miyarsakaké.

Page 786: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 11.12–15 5612Wong-wong Yéhuda lan Yérusalèmmau bakal padha marani allah-allahésing padha disembah, karo nggawasesajèn lan kurban. Ana ing konopadha nangisi brahala-brahalané njalukpitulungan. Nanging brahala-brahalamau bakal ora bisa awèh pitulungan.13Brahalané wong-wong ing Yéhudakuwi cacahé padha karo cacahé kutha-kutha sing ana ing Yéhuda, lan parapenduduké kutha Yérusalèm padhangedegaké mesbèh kanggo Baal singnistha mau, cacahé padha karo cacahélurung ing kutha kono.14Mulané, Yérémia, kowé ajandongakaké bangsa iki, lan ajakoksuwunaké apa-apa marang Aku.Yèn padha ketekan bebaya lansesambat marang Aku, mesthi ora bakalDakpiyarsakaké."15Pangandikané Pangéran, "Umat singDaktresnani padha nindakaké penggawéala. Apa gunané padha mlebu ingPasucèn-Ku? Apa dikira bisa ngedohakébebaya srana ngucapaké janji-janji lansrana saos kurban? Apa srana mengkonobakal olèh kabungahan?

Page 787: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 11.16–20 5716Dhèk biyèn umat kuwi tau Daksebut:wit zaitun sing ngrembuyung, kebak wohsing éndah. Nanging saiki kalawan swaragemuruh godhongé bakal Dakobong lanpang-pangé Daksempali.17Aku, Pangéran Kang Mahakwasa,sing nandur Israèl lan Yéhuda; nangingsaiki Dakancam arep Daksirnakaké.Enggoné ketaman mengkono maumerga saka penggawéné dhéwé singala, yakuwi padha gawé kurban kanggonyembah marang Baal, nganti memungubebendu-Ku."18Pangéran wis maringi pirsa marangaku yèn mungsuh-mungsuhku padhangrancang ngarah patiku.19Aku iki presasat cempé lulut singdijupuk arep disembelèh, mangka akuora ngerti yèn rancangané sing alakuwi ditujokaké marang aku. Ujarémengkéné, "Ayo wité padha ditegor,mumpung isih seger. Wongé kita patèniwaé, supaya aja ana sing éling menèhmarang jenengé."20Aku banjur ndedonga marangPangéran, "Dhuh Allah IngkangMahakwasa. Paduka menika hakimingkang adil, ingkang ndadar telenging

Page 788: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 11.21–12.2 58

batos lan manah. Prekawis kawulamenika kawula pasrahaken ing astaPaduka. Mugi kawula saged ningalitumindaking pemales Paduka dhatengtiyang-tiyang menika."21Wong-wong Anatot padha ngancamarep matèni aku, yèn aku nerusakéenggonku martakaké pangandikanéAllah.22Pangéran Kang Mahakwasa nulingandika, "Wong-wong Anatot bakalDakukum! Wongé nonoman bakal padhamati ana ing peprangan. Anak-anakébakal padha mati kaliren.23Aku wis netepaké wektuné wong-wong Anatot mau padha ketekan ingbebaya. Lan yèn tekan wektuné ora anawong Anatot siji waé sing kari urip."

121Dhuh Pangéran, saupami kawulapaben kaliyan Paduka, mesthi

Paduka ketitik leres. Namung keparengakawula matur bab prekawis keadilan.Kénging menapa tiyang awon samisubur? Tiyang mboten jujur samiketrimah gesangipun?2Tiyang-tiyang menika Paduka tanem,lajeng sami ngedalaken oyod, samituwuh sarta ngedalaken woh. Tiyang-

Page 789: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 12.3–6 59

tiyang wau sami ngalem Paduka, senajansejatosipun mboten sami maèlu dhatengPaduka.3Nanging, dhuh Allah, Paduka tepangkaliyan kawula, pirsa menapa ingkangkawula tindakaken, pirsa ugi bilih kawulatresna dhateng Paduka. Tiyang-tiyangmenika mugi Paduka gèrèd medalkados ménda ingkang badhé kapragat;mugi Paduka simpen ngantos dumugiwekdalipun dipun sembelèh.4Ngantos pinten dangunipun tanahkawula garing, lan rumput-rumput samialum? Kéwan lan peksi sami pejah margisaking durakanipun bangsa kawula.Inggih menika tiyang-tiyang ingkangsami mungel, "Gusti Allah ora pirsa singkita lakoni."5Pangandikané Pangéran, "Yérémia,yèn kowé balapan karo wong waé wiskesel, kepriyé bisamu balapan karojaran? Yèn ana ing negara sing tentremwaé kowé wis rumangsa ora aman,méndahané menèh yèn kowé ana ingalas gedhé ing Yardèn?6Sedulur-sedulurmu tunggal bapa-biyung wis ngapusi kowé sarta padha

Page 790: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 12.7–12 60

mèlu nglawan kowé. Yèn ana tembungémanis marang kowé, aja kokgugu!"7Pangéran ngandika mengkéné, "Israèlwis Daktinggal; umat pilihan-Ku wisDaktampik. Umat sing Daktresnaniwis Dakulungaké marang mungsuh-mungsuhé.8Bangsa sing Dakpilih wis nyingkurAku; kaya singa ing alas, mengkonoenggoné padha nyenggrang marangAku. Mulané Daksengiti.9Umat pilihan-Ku kuwi kaya manuk,sing diserang déning manuk alap-alapsaka ngarep lan saka mburi. Kéwan-kéwan galak padha undangen, supayateka mèlu pésta!10Akèh raja-raja ngamanca padhateka ngrusak kebon anggur-Ku; padhangidak-idak palemahan-Ku, mulatanah-Ku sing éndah dadi mosak-masik.11Tanah mau dadi ara-ara samun singmarahi ngenes lan suwung ana ingngarsa-Ku. Satanah wrata dadi ara-arasing bera, ora ana sing nggarap.12Tanah mau ketekan rampog-rampogsing tekané ngliwati punthuk-punthukgundhul lan segara wedhi. Aku nekakaképerang sing ngrusak satanah kono

Page 791: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 12.13–16 61

kabèh, nganti ora ana wong sing uripkanthi tentrem.13Umat-Ku padha nyebar gandum,nanging ngenèni rerungkudan. Padhanyambut-gawé keras, nanging oraolèh apa-apa. Merga saka banterébebendu-Ku panèn-panèn padhawurung."14Pangandikané Pangéran, "Bangsa-bangsa tangga-teparoné Israèl wispadha ngrusak tanah sing Dakparingakémarang umat Israèl. Bangsa-bangsasing gawé piala bakal Dakpundhutsaka tanahé, kaya tanduran singdibedhol, supaya Yéhuda bisa luwar sakabangsa-bangsa mau.15Nanging sawisé mengkono Akubakal melasi bangsa-bangsa mau, lanbakal Dakbalèkaké menyang tanahédhéwé-dhéwé menèh.16Yèn bangsa-bangsa mau gelemngrasuk agamané bangsa-Ku kalawangumolonging ati lan gelem supata demiasmané Allah kang gesang — kaya biyènenggoné muruki bangsa-Ku supata demijenengé Baal — bangsa-bangsa maubakal kepétung dadi umat-Ku lan bakalpadha Dakberkahi.

Page 792: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 12.17–13.8 6217Nanging yèn ana bangsa singora mbangun-turut, bakal Dakbedholsaoyod-oyodé sarta Daktumpes. Aku,Pangéran wis ngandika."

131Aku didhawuhi Pangéran tukusabuk léna lan nganggo sabuk

mau ing lambungku, nanging aja ngantidakcelup ing banyu.2Aku banjur lunga tuku sabuk, lansabuké dakenggo.3Pangéran nuli ngandika menèh,4 "Lungaa menyang Bengawan Éfrat lansabuké dhelikna ana ing sela-selaningparang."5Aku banjur mangkat lan sabukédakdhelikaké ana ing sacedhakéBengawan Éfrat.6Let sawetara dina aku didhawuhiPangéran bali menyang Bengawan Éfratmenèh njupuk sabuké.7Dadi aku mrana menèh, nangingbareng dakdhudhah sabuk singdaksimpen ana ing kana mau jebul wisrojah-rajèh (suwèk), nganti wis ora kenadienggo menèh.8Pangéran banjur ngandika menèh,

Page 793: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 13.9–13 639 "Mengkéné iki enggon-Ku bakal damelrojah-rajèh merga piangkuhé Yéhuda lanpiangkuhé Yérusalèm.10Bangsa ala iki wegah ngrungokaképangandika-Ku. Atiné wangkal lanselawasé ala. Padha manut allah liyané,banjur dibektèni lan disembah-sembah.Mulané bakal padha kaya sabuk iki singwis ora ana gunané babar-pisan.11Kaya upamané sabuk kraket inglambungé wong, mengkono kersa-Kusupaya wong Yéhuda lan wong Israèlpadha kraket karo Aku. Srana mengkonoumat mau dadi kagungan-Ku singmemuji lan ngluhuraké asma-Ku.Nanging wong-wong mau padha orambangun-turut marang Aku."12Gusti Allah ngandika menèh karoaku, "Yérémia, kandhaa karo umat Israèlyèn saben guci kudu diisèni anggurnganti kebak. Wong-wong mau bakalmangsuli yèn saben guci wis diisènianggur.13Banjur kandhaa yèn Aku, Pangéran,bakal maringi ngombé anggur ngantipadha mendem, yakuwi raja-raja turunéDawud, para imam, para nabi lan wongkabèh sing ana ing Yérusalèm.

Page 794: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 13.14–19 6414Nanging wong-wong mau tuwa-enombanjur bakal padha Dakjeblèsaké sijikaro sijiné, nganti padha remuk kabèh.Aku bakal ora maringi palimirma utawawelas, kabèh bakal Dakpatèni."15Hé wong Israèl, Gusti Allah wisngandika! Padha ngasorna badanmu lanngrungokna pangandikané.16Urmatana Pangéran, Allahmu,sadurungé Panjenengané nekakaképepeteng. Lan kowé padha kejlungupana ing pegunungan; sadurungéPanjenengané malik pepadhang singkokarep-arep, dadi pepeteng lelimengan.17Yèn kowé ora gelem ngrungokaké,aku bakal nangis karo dhelikan, nangisipiangkuhmu. Aku bakal nangis kelara-lara lan eluhku bakal trocosan, mergaumaté Pangéran bakal kabuwang, kairidlunga dadi wong tawanan.18Pangandikané Pangéran marang aku,"Matura marang Sang Prabu lan ibuné,supaya padha medhun saka dhamparé,merga makuthané sing éndah bakalkapundhut saka mestakané.19Kutha-kuthané Yéhuda sing sisihKidul wis dikepung; ora ana sing bisalolos. Wong-wong ing Yéhuda kabèh

Page 795: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 13.20–25 65

wis ditawan lan digawa lunga menyangpembuwangan."20 "Yérusalèm, delengen! Mungsuhmuwis teka, medhun saka tanah sisih Lor!Endi wong-wong sing diprecayakakémarang pangrumatmu, wong-wong singkokegung-egungaké?21Kowé arep muni kepriyé, yèn wongsing kokkira mitramu jebul nelukakékowé lan njajah kowé? Apa kowé orangrasakaké lara kaya wong wadon singlagi nglarani.22Yèn kowé arep ngerti apa sebabékowé nandhang sangsara sing mengkonomau, nganti sandhanganmu disuwèk-suwèk lan dirucat, kuwi merga sakapialamu sing wis sundhul langit.23Wong cemanii apa bisa salin kulit?Utawa macan tutul mbuwang tutulé? Yènbisa, kowé sing seneng gawé dosa, iyabisa gawé becik.24Kowé bakal disebar déning Allah kayadamèn kasebul ing anginé segara wedhi.25Kuwi sing kapesthèkaké dadinasibmu. Mengkono putusané Pangéraning ngatasé kowé, merga kowé wispadha lali marang Panjenengané lan

icemani: bangsa kulit cemeng.

Page 796: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 13.26–14.3 66

nganut allah-allah liyané, sing sejatinédudu Allah.26Allah piyambak sing bakalngrucat sandhanganmu ngantikaton kawiranganmu.j27Panjenengané pirsa enggonmunindakaké prekara-prekara sing disengitiPanjenengané. Panjenengané pirsaenggonmu nyembah brahala ana ingpunthuk-punthuk lan ing sawah-sawah,kaya wong lanang sing kepéncutmarang bojoné tanggané, utawa jaranlanangan ngoyak jaran wadon. Hé wongYérusalèm! Kowé wis diukum! Mbésukkapan enggonmu arep dadi suci?"

141Pangéran ngandika marang akubab mangsa ketiga garing ngerak

mengkéné,2 "Yéhuda lagi nandhang sedhih mergakepatèn; kutha-kuthané presasat kuthamati. Wongé padha nglésod ing lemahmerga saka sedhihé, lan Yérusalèmngundang-undang njaluk tulung.3Wong sing sugih-sugih padhakongkonan baturé golèk banyu; barengtekan kulah, jebul kulahé kothong; nuli

jkawirangan: kemaluan (bhs. Ind.).

Page 797: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 14.4–8 67

padha bali nggawa junk kothong. Mulanéwong-wong padha semplah lan bingung,rainé padha ditutupi.4Sarèhné ora ana udan, lemahé dadigaring. Wong tani padha kecuwan, lanpadha nutupi rainé.5Menjangan ing ara-ara manak,nanging anaké ditinggal, merga ora anasuket.6Kuldi alasan padha ngadeg ana ingpucaké punthuk, padha megap-megapkaya asu ajag; pandelengé lamur mergapadha ora olèh pangan.7Bangsaku bengok-bengok marangaku njaluk tulung, tembungé, ‘Senajankawula dipun gugat déning dosa-dosakawula, dhuh Pangéran, kersaa paringpitulungan, kados ingkang Padukajanjèkaken. Kawula sampun wongsal-wangsul nyingkur Paduka, sarta sampundamel dosa dhateng Paduka.8Paduka menika andel-andelipunIsraèl, inggih namung Paduka piyambak.Namung Paduka piyambak ingkangsaged ngluwari kawula saking paukumanmenika. Kénging menapa Paduka kadostiyang neneka wonten ing tanah menika,

kjun: wadhah toya.

Page 798: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 14.9–12 68

kados tiyang lelampah ingkang namungmampir sipeng kémawon.9Kénging menapa Paduka kados tiyangajrih, kados perwira ingkang mbotengadhah daya mitulungi? Paduka rakwonten ing tengahipun umat Paduka,dhuh Allah. Kawula rak umat kagunganPaduka, mugi sampun ngantos nilarkawula.’"10Pangandikané Allah marang umatémengkéné, "Wong-wong senengnyingkur Aku, lan ora bisa menggakkekarepané dhéwé. Mulané Aku oraseneng karo wong-wong mau. Dosa-dosané bakal tansah Dakéling-éling, lanbakal Dakukum."11Pangandikané Pangéran marangaku mengkéné, "Kowé aja nyuwunaképitulungan kanggo wong-wong kuwimarang Aku.12Senajan padha pasa Aku ora arepmiyarsakaké pesambaté. Senajan padhanyaosaké kurban obongan lan kurbandhaharan, iya ora bakal gawé renaningpenggalih-Ku. Malah wong-wong maubakal padha Daktumpes ana ingpeprangan nganti padha mati mergakaliren lan pageblug."

Page 799: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 14.13–15 6913Aturku, "Dhuh Allah IngkangMahakwasa. Paduka pirsa bilih para nabisami nyriyosi tiyang-tiyang menika,bilih badhé mboten wonten pepranganlan paceklik, awit miturut sanjangipuntiyang-tiyang wau Paduka sampunjanji piyambak. Malah ing tanah ngrikinamung badhé wonten katentremankémawon."14Nanging Pangéran paring wangsulan,"Para nabi padha medhar wangsit palsunganggo asma-Ku. Aku ora ngutusnabi-nabi mau. Aku ora paring dhawuhapa-apa, iya ora weling ngucapakétembung sakecap. Wangsit sing padhaditampa mau pinangkané ora saka Aku.Mulané ramalané ora ana gunané mergaasalé mung saka pangothak-athikédhéwé.15Aku, Pangéran, nedahaké marangkowé apa sing bakal Daktindakakékanggo para nabi, sing padha oraDakutus, nanging padha medhar wangsitnganggo asma-Ku, pangucapé, ‘Ingtanah kéné bakal ora ketekan peranglan ora ketekan paceklik.’ Wong-wongmau bakal Daktumpes srana perang lanpaceklik.

Page 800: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 14.16–19 7016Wong-wong sing padha ngandelmarang ramalané nabi-nabi mauiya bakal padha Dakpatèni sranapeprangan lan paceklik. Jisimé bakalpadha dibuwang ana ing dalan-dalanéYérusalèm, lan ora ana wong singbakal ngubur. Mengkono sing bakaldialami déning wong-wong mau kabèh,klebu uga bojoné, anak-anaké lananglan wadon. Aku bakal males sakèhédurakané."17Pangéran ndhawuhi aku, supayangandhani wong-wong, sepira sedhihéatiku. Mengkéné tembungku, "Akudaknangis rina wengi, daknangis orameneng-meneng, merga bangsakubanget enggoné ketaton, tatu singmbebayani.18Yèn aku metu ana ing ara-ara, ingkono aku weruh jisimé wong sing padhamati ing peprangan; yèn aku mlebukutha, aku weruh wong sing padha matikaliren. Para nabi lan para imam padhanglakoni pegawéané, nanging ora ngertiapa sing ditindakaké."19Dhuh Pangéran, menapa YéhudaPaduka tampik babar-pisan? Menapatiyang-tiyang ing Sion Paduka tatoni

Page 801: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 14.20–15.1 71

ngantos mboten saged kasarasakenmalih? Kawula sami ngajeng-ajengwontenipun katentreman, nangingmboten nampi menapa-menapa ingkangsaé; kawula sami ngantos-antoskesarasan, nanging ingkang dhatengmalah panganiaya.20Dhuh Allah, kawula sami damel dosadhateng Paduka, kawula sami ngakenidosa-dosa kawula, lan dosanipun paraleluhur kawula.21Kersaa ngémuti dhateng janji Paduka,lan kawula mugi sampun ngantos Padukawirangaken. Paduka sampun ngantosngrèmèhaken dhampar Paduka ingkangmulya. Prejanjian Paduka kaliyan kawulasampun ngantos Paduka lebur.22Brahalanipun bangsa-bangsa mbotensami ndhatengaken jawah; langit sakingdayanipun piyambak mboten sagedndhatengaken jawah. Dhuh PangéranAllah kawula, namung Paduka ingkangsami kawula antos-antos. Awit inggihnamung Paduka piyambak ingkangsaged nindakaken sedaya wau.

151Pangéran ngandika marang akumengkéné, "Senajan Musa lan

Samuèl padha ngadeg ana ing ngarsa-

Page 802: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 15.2–5 72

Ku, Aku ora bakal melasi wong-wongiki. Padha singkirna, padha tundhungensaka ngarsa-Ku.2Yèn padha takon kowé apa sebabépadha ditundhung, kandhaa yèn Akungandika mengkéné, ‘Salong ana singditakdiraké mati merga lelara, mulanéya padha mrono parané! Salong ana singditakdiraké mati ing peprangan, dadi yapadha mrono parané. Salong ana singditakdiraké dadi wong tawanan, dadi iyamrono-mrono parané.’3Aku, Pangéran kang netepaké patangprekara sing bakal kelakon mau;wong-wong mau bakal dipatèni ana ingpeprangan; jisimé bakal dilarak-larakdéning asu-asu; manuk-manuk bakalnotholi jisimé, lan kéwan galak bakalngentèkaké kekarèné.4Wong salumahé bumi bakal Dakgawégeter weruh asilé penggawéné Manasyèbin Hizkia ana ing Yérusalèm, nalikadhèwèké dadi raja ana ing kono."5Pangandikané Pangéran mengkéné,"Sapa sing arep melasi kowé, hé wongYérusalèm? Lan sapa sing arep bélasusahmu? Sapa sing arep mampirngaruhaké keslametané?

Page 803: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 15.6–10 736Wong-wongmu wis padha nampikAku; lan kowé wis nyingkur Aku.Mulané tangan-Ku Dakangkat lan kowéDakremuk, merga Aku wis ora tahanngampet duka-Ku.7Kowé bakal Daktundhung metu sakasaben kutha ing tanah kéné, kayadamèn kabur ing angin. Umat-Ku bakalDaktumpes, anak-anaké Dakpatèni,merga kowé ora marèni kelakuanmusing ala.8Cacahé randha ing tanahmu bakalluwih akèh ketimbang karo wedhinésegara. Nonomanmu bakal padhaDakpatèni sajroné nedheng-nedhengépadha tuwuh, nganti ndadèkaké biyungépadha sangsara. Bakal padha Dakgebugdadakan srana pagiris lan geter.9Biyung sing kélangan anaké pitubakal semaput, ambekané megap-megap. Padhangé srengéngé malihdadi peteng; wong mau ngalami wiranglan isin. Mungsuh-mungsuhmu bakalDakdhawuhi matèni sakèhé wong singisih urip. Aku, Pangéran wis ngandika."10Wong sing cilaka temen aku iki!Yagéné aku dilairaké déning biyungku?Déné kokdadi wong sing marakaké

Page 804: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 15.11–14 74

regejegan lan bebantahaning antaranéwong-wong satanah kabèh. Mangka akuora tau motangaké marang wong liya,éwasemono aku ana ing ngendi-endidisepatani wong.11Dhuh Allah, mugi-mugi ndhawuhanakawula, saupamia enggèn kawulangladosi Paduka menika mboten kalayanéklasing manah, utawi kawula mbotennyuwunaken sih Paduka kanggé paramengsah kawula, samasa sami ngalamikarupekan.12 (Mboten wonten tiyang ingkangsaged mutung tosan, langkung-langkungtosan ingkang asalipun saking tanah Lèr,ingkang kagemblèng kaliyan prunggu.)13Pangandikané Pangéran marangaku mengkéné, "Aku bakal ngutusmungsuh-mungsuh njarah-rayahkasugihan lan raja-branané bangsa-Ku,kanggo ngukum pialané sing ditindakakéwrata satanah kabèh.14Aku bakal ndadèkaké umat-Kungawula marang para mungsuhé, ingtanah manca sing durung dingertèni,merga mulading bebendu-Ku sing orakena disirep ing selawasé."

Page 805: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 15.15–18 7515Unjukku, "Dhuh Pangéran, Padukapirsa samukawis. Mugi kersa ngèngetidhateng kawula lan mitulungi kawula.Kawula nyuwun mugi Paduka malesakendhateng tiyang-tiyang ingkang samingoyak-oyak kawula. Tiyang-tiyangmenika mugi sampun ngantos Padukasabari, sarta lajeng sami saged mejahikawula. Paduka mugi ènget bilih enggènkawula dipun siya-siya menika kranasaking enggèn kawula nglampahi ayahaningkang Paduka paringaken dhatengkawula.16Menawi Paduka paring dhawuh,saben tembung kawula pirengaken.Kawula menika kagungan Paduka, dhuhAllah Ingkang Mahakwasa. PangandikaPaduka menika ngebaki manah kawulasrana kabingahan lan kabegjan.17Kawula mboten naté jagongan kaliyantiyang ingkang remen sembranan, utawitumut gegujengan lan bingah-bingahkaliyan piyambakipun. Margi mituhudhateng dhawuh Paduka, kawula tansahmencil piyambakan, margi manahkawula sampun Paduka kebaki nepsu.18Kénging menapa kawula kedahtansah nandhang kasisahan? Kénging

Page 806: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 15.19–16.2 76

menapa tatu-tatu kawula mbotenkénging dipun jampèni? Kéngingmenapa mboten sami pulih saras malih?Menapa Paduka badhé damel geladhateng kawula, kados lèpèn ingkangmboten ajeg toyanipun?"19Pangéran paring wangsulan marangpesambatku mau, mengkéné. "Yènkowé mratobat, kowé bakal Dakangkatdadi abdi-Ku menèh. Menawa kowékandha sing bener lan ora ngawur tanpateges, kowé bakal Dakdadèkaké nabi-Kumenèh. Wong-wong bakal padha balimarani kowé menèh, mula kowé oraprelu marani wong-wong mau.20Kowé bakal Dakdadèkaké bètèngprunggu sing sentosa. Wong-wong maubakal merangi kowé, nanging bakal orabisa ngalahaké kowé. Aku bakal nganthilan ngampingi kowé nganti kowé bakalaman.21Kowé bakal Dakluwari sakapangwasané wong ala lan wong ambeksiya. Aku, Pangéran sing ngandika!"

161Pangéran ngandika menèhmarang aku mengkéné,

2 "Kowé aja rabi lan duwé anak ana ingpanggonan iki.

Page 807: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 16.3–7 773Kowé Dakkandhani apa sing bakalkelakon mungguh bocah-bocah singdilairaké ana ing kéné lan wong tuwané.4Kuwi bakal padha mati merga déninglelara sing nggegirisi, lan ora ana wongsing bakal nangisi utawa mendhemjisimé. Jisim-jisimé bakal katumpuk kayauwuh ana ing lemah. Wong bakal padhadipatèni ana ing peprangan utawa mergasaka kaliren. Jisimé bakal dadi panganémanuk-manuk lan kéwan galak."5 "Kowé aja layad ing omahé wongsing lagi kepatèn. Aja mèlu susahutawa béla-sungkawa. Bangsa iki wisora Dakparingi berkah tentrem-rahayu,kadarman lan kawelasan.6Wong sugih lan wong miskin karo-karoné bakal padha mati ora dipendhem,lan ora ana sing layad. Ora ana wongsing natoni awaké utawa nyukur rambutékanggo nélakaké sedhihing atiné.7Ora ana wong sing gelem manganlan ngombé kanggo nglipur wong singkepatèn kekasihé. Ora ana wong singmèlu ngrasakaké sedhih karo wong singkepatèn bapak utawa embokné."

Page 808: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 16.8–12 788 "Aja mlebu ing omahé wong sing laginganakaké pésta. Aja mèlu jagongan ingkono, mèlu mangan lan ngombé.9Rungokna apa sing dingandikakakédéning Pangéran, Allahé Israèl, KangMahakwasa. Aku bakal nyirep sakèhingswaraning kabungahan lan sukan-sukan,sarta giyak-giyaké wong ana ingpéstaning pengantèn. Umat iki bakalmenangi kelakoné prekara iki maukabèh."10 "Yèn kowé ndhawuhaké pangandikaiki kabèh, wong-wong bakal padhatakon, apa sebabé Pangéran ngukumumaté nganti semono aboté. Wong-wong bakal padha takon piala apa singditindakaké déning umaté, apa dosanémarang Pangéran, Allahé.11Nuli kandhaa yèn Allah wis ngandikamengkéné, ‘Para leluhurmu wis padhanyingkur Aku lan nyembah allah liyané.Padha ninggal Aku lan ora netepipiwulang-piwulang-Ku.12Nanging piala sing koklakoni saikikuwi luwih gedhé ketimbang karodosané leluhurmu. Kowé kabèh padhamangkotaké atimu ana ing sajroning

Page 809: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 16.13–16 79

dosamu, merga padha ora netepidhawuh-Ku.13Mulané kowé bakal Daktundhungsaka tanah kéné, menyang tanah singora tau kokngertèni utawa disumurupidéning para leluhurmu. Ana ing tanahkono kowé bakal nyembah marangallah-allah liyané rina lan wengi, mergaAku ora bakal melasi kowé menèh.’"14Pangéran ngandika marang akumengkéné, "Bakal ana wektuné umatsing ora supata demi asma-Ku, Allahkang sipat gesang, sing wis ngentasIsraèl saka tanah Mesir.15Bakal padha supata demi asma-Ku,Allah kang sipat gesang, sing wisngluwari Israèl saka tanah Lor lantanah-tanah liyané, panggonané umatmau Daksebar. Umat Israèl bakalDakbalèkaké menèh ing tanahé dhéwé,sing Dakparingaké marang para leluhuré.Aku, Pangéran, sing ngandika."16Pangéran ngandika menèhmengkéné, "Aku bakal nekakakéwong golèk iwak sing bakal njaringumat-Ku. Aku iya bakal nekakakéjuru mbebedhag akèh bèn mburu lanmatèni wong-wong sing padha manggon

Page 810: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 16.17–21 80

ana ing pegunungan, ing punthuk laning guwa-guwa sing ana ing selaningkarang-karang.17Tingal-Ku ngawasaké apa sing padhadilakoni kabèh. Ora ana prekara singsamar tumraping Aku. Dosa-dosané oraana sing ilang saka paningal-Ku.18Dosa lan durakané umat-Ku bakalDakwales tikel-matikel, merga wispadha najisaké tanah-Ku srana brahala-brahala, barang sing mati kaya bathang.Tanah-Ku dikebaki brahala-brahala najissing kaya mengkono mau."19 "Dhuh Pangéran, Paduka menikaingkang ngreksa lan paring kekiyatandhateng kawula, saha paring pitulunganmenawi kawula ngalami karupekan.Bangsa-bangsa badhé marek sakingpungkasaning bumi sarta matur, ‘Paraleluhur kawula sami mboten gadhahmenapa-menapa kejawi allah-allahpalsu, saha brahala-brahala ingkangtanpa gina.20Menapa manungsa saged damel allahpiyambak? Mboten, saupamia saged,allah wau Allah palsu.’"21Pangéran ngandika, "Sepisaniki kanggo ing selawasé Aku bakal

Page 811: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 17.1–4 81

ngetingalaké kasektèn lan pangwasa-Ku, nganti padha weruh yèn Aku ikijumeneng Allah."

171Pangandikané Pangéranmengkéné, "Hé wong Yéhuda,

dosamu wis kacathet nganggo pèn wesi,lan ditulis ing atimu nganggo intenlancip sarta diukir ing pojok-pojokingmesbèhmu.2Wong-wongmu padha manembahana ing mesbèh-mesbèh lan cagak-cagak pamujan sing didegaké kanggobrahalané Dèwi Asyéra, ing ngisorésaben wit gedhé, lan ana ing pucaképunthuk-punthuk,3 sarta ana ing gunung-gunung laning tanah ngaré. Barang-darbèkmu lanraja-branamu bakal Dakulungaké dadirayahan, minangka walesé dosamu anaing sawratané tanahmu kéné.4Tanah sing Dakparingaké marangkowé bakal Dakpundhut, lan kowébakal Dakdadèkaké baturé mungsuh-mungsuhmu ana ing tanah sing oratau koksumurupi, merga paukuman-Kumulad-mulad kaya geni sing ora kenadisirep ing selawas-lawasé."

Page 812: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 17.5–10 825Pangandikané Pangéran mengkéné,"Aku bakal ngukum wong sing nyingkurAku lan wong sing ngendelakékekuwatané manungsa, sing sanyatanémung apes waé.6Wong kuwi presasat eri pulet-puletansing thukul ing tanah garing ing ara-arasamun, ing tanah sing cengkar. Wongmau bakal ora ngalami kabegjan.7Nanging Aku bakal mberkahi wongsing kumandel marang Aku.8Wong kuwi bakal kaya wit singditandur ana ing pinggiring kali, singoyod-oyodé tumancep ana ing banyu.Wit mau ora krasa ketaman panas ingmangsa ketiga, merga godhongé tetepijo royo-royo; ora kuwatir ing mangsanéngerak; lan ora kendhat enggonéngetokaké woh.9Sapa sing bisa njajagi atinémanungsa? Julig lan pinter ngapusitanpa tandhing; wis kebacut atos kayawatu, sapa sing bisa ngempukaké?10Aku, Pangéran kang pirsa atinéwong, lan ndadar tekan telenging batiné.Supaya wong siji-siji Dakganjar, manutkelakuané, miturut penggawéné."

Page 813: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 17.11–15 8311Wong sing nglumpukaké kasugihannganggo patrap sing ora jujur, kuwi kayaayam alas sing ngengremi endhog singdudu endhogé dhéwé. Tengah-tengahéumuré wong mau bakal kélangankasugihané, lan wekasané umuré bakalketara, yèn dhèwèké sanyatané wonggemblung.12Pedalemané Allah kuwi presasatdhampar kang luhur, sing wiwit-wiwitanmula ngadeg ana ing gunung singdhuwur.13Dhuh Pangéran, Paduka menikaingkang dipun antos-antos déningIsraèl. Sedaya tiyang ingkang nyingkurPaduka badhé nandhang kwirangan.Tiyang-tiyang murtad wau badhé samisirna kados nama ingkang kaseratwonten ing lebu, awit sami nilar Paduka,etuking toya gesang.14 "Dhuh Pangéran, mugi kersanyarasaken kawula, temtu kawula badhésaras babar-pisan; kawula mugi Padukaluwari, ngantos kawula badhé tentremsaèstu. Inggih namung Paduka piyambakingkang kawula puji-puji!"15Tiyang-tiyang sami mungel dhatengkawula mekaten, "Pangandikanipun

Page 814: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 17.16–19 84

Allah ingkang ngancam dhateng kulasedaya kokmboten kelampahan? Mbokcobi Pangéran dipun aturi ngleksananisamenika!"16Nanging dhuh Allah, kawulamboten naté meksa Paduka supadosndhatengaken paukuman dhatengbangsa menika. Kawula mbotenkepéngin bangsa menika nemahisangsara. Paduka pirsa piyambak, bilihkawula mboten naté nyuwun supadosPaduka ndhatengaken paukumandhateng bangsa menika.17Paduka mugi sampun ngantos dadospagiris dhateng kawula, awit Padukamenika pangungsèn kawula.18Tiyang ingkang sami nyia-nyiakawula mugi sami Paduka damel wirang,sarta kawula piyambak mugi Padukaéman, dhuh Pangéran. Tiyang-tiyangmenika sami girisa, nanging kawulapiyambak sampun ngantos giris. Samikadhawahana paukuman lan dipungepuka ngantos ajur-mumur.19Pangandikané Pangéran marangaku, "Yérémia, pangandika iki umumnaana ing gapuraning kutha sing kanggomlebu-metu raja Yéhuda yèn rawuh lan

Page 815: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 17.20–24 85

ninggal kutha. Mengkono uga wartaknaana ing gapurané Yérusalèm liya-liyané.20Wartakna marang raja-raja lansakèhé wong sing manggon ingYérusalèm; lan saben wong sing mlebu-metu ing gapura padha ngrungokna apasing Dakdhawuhaké.21Kandhanana yèn padha kepénginurip pengingen mikul utawa nggéndhonggawan apa waé ing dina Sabbat,utawa nggegawa metu ing gapuranéYérusalèm.22Utawa nggegawa apa waé saka ingomahé ana ing dina Sabbat. Ing dinaSabbat ora kena padha nyambut-gawé.Dina kuwi kudu padha disucèkaké, kayasing wis Dakdhawuhaké marang paraleluhuré.23Para leluhuré padha ora mbangun-turut marang Aku lan padha ora netepidhawuh-Ku. Malah padha mangkotakéatiné, dadi padha ora nurut lan orananggapi dhawuh-Ku.24Wong-wong mau padha kandhanana,supaya padha netepi dhawuh-Ku. Ingdina Sabbat padha ora kena nggawagawan metu gapurané kutha iki. DinaSabbat kudu padha disucèkaké lan

Page 816: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 17.25–27 86

ing dina mau padha ora kena nglakonipegawéan apa waé.25Yèn dhawuh kuwi ditetepi, para rajalan para pangéran sing padha mlebu-metu ing gapurané kutha Yérusalèmbakal kaparingan pangwasané RajaDawud. Enggoné mlebu kutha bakal karonunggang kréta lan jaran bebarengankaro wong-wong ing Yéhuda. KuthaYérusalèm bakal tansah kebak wong.26Wong-wong saka kutha-kuthanéYéhuda bakal padha teka, mengkonouga wong-wong saka désa-désa sakiwa-tengené Yérusalèm. Wong-wong bakalpadha teka saka daérah Bènyamin,saka sikiling gunung-gunung lan sakadaérah Yéhuda sisih Kidul. Bakal padhakemrubut nggawa kurban obongan lankurban sembelèhan, kurban dhaharanlan menyan, apa menèh kurban pamujimarang Pedalemané Allah.27Nanging wong-wong mau kudupadha nucèkaké dina Sabbat lan ingdina mau padha ora kena liwat gapuranékutha karo nggawa gawan. Yèn oramengkono, gapura-gapurané Yérusalèmbakal Dakobong. Kedhaton-kedhatoné

Page 817: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 18.1–8 87

Yérusalèm bakal entèk kamangsa inggeni sing ora kena disirep."

181Pangandikané Pangéran marangaku mengkéné,

2 "Lungaa marang omahé kundhi.l Anaing kono Aku bakal paring dhawuhmarang kowé."3Aku banjur mangkat lan satekané ingomahé kundhi, wongé lagi gawé grabahnganggo piranti.4Yèn grabahé sing digarap mau orakabeneran, lempungé banjur diwangunmenèh digawé grabah liyané.5Pangéran banjur ngandika marangaku,6 "Apa Aku ora wenang nindakaké ingsakersa-Ku marang bangsa Israèl kayapatrapé kundhi karo lempungé? Kowéana ing asta-Ku kaya lempung sing anaing tangané kundhi.7Samasa Aku arep mbedhol, ngremuk,utawa numpes sawijining bangsa utawakraton,8mangka bangsa mau mratobat sakadosané, Aku bakal ora sida ndhawahaképaukuman sing arep Daktindakaké.

lkundhi: tukang grabah pecah.

Page 818: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 18.9–14 889Kosokbaliné, yèn Aku wis ngandikaarep mbangun sawijining bangsa utawakraton,10mangka bangsa mau ora mbangun-turut marang Aku lan malah nglakonipiala, Aku bakal ora sida nindakaké apasing wis Dakngandikakaké.11Mulané wong-wong Yéhuda lan wong-wong Yérusalèm padha kandhanana yènAku wis ngrancang arep ndhawahaképaukuman marang wong-wong mau.Kandhanana supaya mratobat, marènikelakuané sing ala; konen urip singbecik.12Wong-wong mau bakal padhamangsuli, ‘Kénging menapa kula kedahsami mratobat? Mboten prelu; kulabadhé tetep mangkotaken manah lantetep nglampahi piawon, kados ingkangdados sedyaning manah kula.’"13Pangandikané Pangéran mengkéné,"Takona marang saben bangsa, apatau ana lelakon sing kaya mengkono?Bangsa Israèl wis nglakoni piala singkebangeten!14Apa pucuk-pucuké pegununganLibanon tau ora ketutupan ing salju?

Page 819: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 18.15–18 89

Apa kali-kaliné sing banyuné adhem taugaring?15Nanging umat-Ku kelakon oraéling marang Aku; padha ngobongdupa kanggo reca ukir-ukiran. Padhanyimpang saka dalan sing biyèndiambah, lan ngambah dalan singsabeneré dudu dalan.16Tanahé nganti dadi panggonan singnggegirisi, lan dadi cecamahan ingselawas-lawasé. Angger wong sing liwatkono bakal padha kagèt ndeleng kaananing kono; sarta padha gèdhèg-gèdhègsaka gumuné.17Umat-Ku bakal Daksebar ana ingngarepé mungsuhé, kaya bledug singkabur katerak ing angin saka Wétan.Umat-Ku bakal Dakungkuraké, lan yènketekan bebaya bakal Daktégakaké."18Wong-wong Israèl banjur padha munimengkéné, "Ayo kita padha sarembugmbèrèsi Yérémia! Rak ora kurang imamsing bisa mulang kita, lan akèh wongpinter sing bisa awèh rembug marangkita, sarta nabi-nabi sing medharakésabdané Pangéran. Kita ndakwa marangYérémia, banjur kita ladèkaké marang

Page 820: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 18.19–22 90

pengadilan, lan kita aja nggugu karotembungé."19Aku banjur ndedonga marangPangéran, "Dhuh Pangéran, mugimiyarsakaken atur kawula, sartatembungipun para mengsah kawula.20Kesaénan menapa badhé dipun walespiawon, déné sami ngedhuk luwangankanggé masangi kawula? Paduka temtuinggih kémutan enggèn kawula sowanmarek ing ngarsa Paduka, nyuwunakensih-palimirma kanggé tiyang-tiyangmenika, supados mboten Padukadhawahi paukuman.21Nanging samenika, dhuh Pangéran,anak-anakipun mugi Paduka damelpejah kaliren. Tiyang-tiyang menikasami tiwasa ing peprangan, supadospara sémahipun sami kécalan lakinipunlan anak-anakipun. Tiyang-tiyangipunsami pejaha margi sesakit lan paranènèmanipun pejah wonten ingpeprangan.22Griyanipun kadhatengana rampogingkang dadakan ngrampog griya-griyanipun. Kadamela sami jerit-jeritmargi saking giris. Margi tiyang-tiyangmenika sampun sami ngedhuk luwangan

Page 821: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 18.23–19.4 91

kanggé ndhawahaken kawula, lan samimasang kala kanggé njiret kawula.23Dhuh Pangéran, Paduka pirsapiyambak enggènipun sami ngangkahmejahi kawula. Sampun ngantosdosanipun Paduka apunten, sartadurakanipun sampun ngantos Padukabucal saking ngarsa Paduka. MugiPaduka dadosaken sami ambruk wontening ngarsa Paduka, sarta Padukadhawahi paukuman."

191Aku didhawuhi Pangéran tukuguci sing digawé saka lempung,

karo ngajak para tuwa-tuwané umat lanpara tuwa-tuwané imam sawetara,2didhawuhi metu menyang LebakBen-Hinom. Ana ing kono aku didhawuhimedharaké sabda sing bakal kaparingakémarang aku.3Pangandikané Pangéran marangaku mengkéné, "Raja-raja ing Yéhudalan wong-wong Yérusalèm, padhangrungokna pangandika-Ku, PangéranKang Mahakwasa, Allahé Israèl. Akubakal nekakaké bebaya sing ndadèkakésaben wong sing krungu padha éram.4Merga wong-wong wis padha ninggalAku lan padha najisaké panggonan iki

Page 822: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 19.5–9 92

srana enggoné padha kekutug nyembahmarang allah liya-liyané sing oradisumurupi déning wong iki lan déningpara leluhuré, sarta déning para raja ingYéhuda. Panggonan kéné wis dikebakigetihé wong sing ora kaluputan.5Wong-wong mau padha ngedegakémesbèhé Baal kanggo ngobong anak-anaké ing geni kanggo kurban. Singmengkono mau ora saka dhawuh-Ku,malah Aku ora tau kagungan penggalihsing mengkono kuwi.6Mulané bakal ana wektuné panggonankéné ora karan Tofèt utawa Lebak Ben-Hinom, nanging Lebak Panyembelèhan.7 Ing panggonan kéné rancangan-rancangané wong Yéhuda lan wongYérusalèm bakal Dakgawé gagal. Bakalpadha Dakulungaké ing tanganingmungsuhé, nganti bakal padha dipatèniing peprangan. Jisimé bakal dadi pakanémanuk lan kéwan galak.8Aku bakal nekakaké karusakan gedhéing kutha kéné, nganti saben wong singliwat ing kéné padha giris lan gumunbanget.9Kutha iki bakal dikepung déningmungsuhé lan wong sing manggon

Page 823: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 19.10–13 93

ing kutha mau bakal dipatèni kabèh.Pangepungé kutha mau bakal nggegirisibanget, mula wong sing manggon anaing kutha kono bakal mangan dagingépepadhané, malah dagingé anakédhéwé."10Aku banjur didhawuhi déningPangéran mecah guciné ing ngarepéwong-wong sing padha mèlu aku.11Lan kandha yèn iki merga sakadhawuhé Pangéran, Allah KangMahakwasa, sing ngandika mengkéné,"Wong-wong lan kutha iki bakalDakremuk kaya guci sing pecah iki,nganti ora kena dipulihaké menèh.Wong-wong sing mati bakal padhadipendhem ing Tofèt, merga wis ora anapanggonan liyané menèh kanggo nguburjisim-jisim mau.12Aku janji yèn kutha iki lan wong-wongé bakal Dakdadèkaké kayaTofèt.13Omah-omah ing Yérusalèm,kedhatoné raja-raja Yéhuda lan kabèhomah sing ing payoné tau kanggokekutug kanggo para déwa langit, yaomah-omah sing tau kanggo ngesokanggur minangka kanggo kurban marang

Page 824: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 19.14–20.3 94

para allah liyané. Sebab omah-omahmau wis padha dadi najis, ora béda karoTofèt."14Sabaliku saka enggonku diutusmedhar wangsit ing Tofèt, aku banjurngadeg ana ing platarané PedalemanéAllah, sarta nglairaké sabdané Allahmarang wong-wong sing ana ing kono;pangucapku,15 "Mengkéné pangandikané Allah KangMahakwasa, Allahé Israèl, ‘Aku bakalnekakaké sakèhé paukuman sing wisDakngandikakaké sadurungé marangkutha iki lan marang saben kutha ingsakiwa-tengené, merga atimu wangkotlan ora gelem ngèstokaké dhawuh-Ku.’"

201Bareng Imam Pasyhur binImer kepalané Pedalemané Allah

mireng enggonku medhar wangsit mau,2banjur dhawuh supaya aku digebugilan diranté ana ing sacedhaké GapuraBènyamin sing dhuwur, ing PedalemanéAllah kono.3Ésuké bareng Pasyhur wis nguculirantéku, aku muni mengkéné, "GustiAllah mboten maringi nama panjenenganPasyhur, nanging ‘Pagiris ing saenggèn-enggèn’.

Page 825: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 20.4–7 954Margi mekaten pangandikanipunAllah, ‘Aku bakal ndadèkaké kowégiris marang awakmu dhéwé lan paramitramu; para mitramu kabèh bakalmati déning pedhangé para mungsuhé.Wong Yéhuda kabèh bakal padha dadibaturé raja Babil; wong sawetara bakalditawan lan digawa menyang Babil, dénéwong-wong liyané bakal dipatèni.5Sakèhé kasugihané kutha iki bakalDakulungaké marang mungsuhé,barang-darbèké bakal dirampas kabèh,uga raja-branané para rajané Yéhuda.Sakèhé kasugihan mau bakal digawamenyang tanah Babil.6Déné kowé, Pasyhur lan brayatmuiya bakal ditawan lan digawa menyangBabil. Ana ing kana enggonmu bakalmati lan dikubur bebarengan karo paramitramu sing sok kokwedhari wangsitmusing palsu kuwi.’"7Dhuh Pangéran, Paduka mbujukkawula, kawula sampun kabujuk. Padukalangkung rosa tinimbang kawula, milakawula Paduka kawonaken. Saben tiyangnggegujeng kawula, rinten dalu kawuladipun poyoki.

Page 826: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 20.8–11 968Sebab saben medhar wangsit, kawulaPaduka dhawuhi mungel kalayan sora,"Panganiaya! Bilai!" Inggih jalaranpangandika Paduka ingkang kawulawedharaken, kawula sedinten-dintendipun poyoki lan dipun awon-awon.9Nanging samasa kawula mosiking salebeting manah, "Daklèrènwaé enggonku dadi nabiné Allah, lanenggonku medharaké pangandikanéAllah," ing manah kawula pangandikaPaduka dados kados latu ingkang murub,ingkang mboten kénging kawula sirep.Senajan kawula cegah-cegah supadosmboten kawula ucapaken, nangingkawula mboten keconggah.10Kawula mireng tiyang-tiyang samibisik-bisik, "Wong kuwi kandha yèn ingsaenggon-enggon bakal ana pagiris!Beciké kita laporaké waé marang parapenggedhé!" Kanca-kanca kawulapiyambak sami ngajeng-ajeng supadoskawula manggih bebaya. "Bisa uga wongkuwi kena dibujuk, banjur kita cekel, lankita wales."11Nanging, dhuh Pangéran, Padukanjagi kawula, srana kekiyatan lanpangwasa Paduka, lan tiyang-tiyang

Page 827: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 20.12–16 97

ingkang nyia-nyia kawula badhé nemahicilaka. Tiyang-tiyang menika badhékwirangan ing selami-laminipun, margimboten badhé angsal damel. Wirangipunmboten badhé wonten telasipun.12Dhuh Pangéran, Allah IngkangMahakwaos, Pandadar Paduka menikaadil! Paduka pirsa menapa ingkangwonten ing batosipun para manungsa.Kawula badhé sumerep paukumaningkang Paduka paringaken dhatengpara mengsah kawula, margi prekawiskawula sampun kawula pasrahaken ingasta Paduka.13Padha memujia marang Allah!Luhurna asmané! Awit Panjenenganéngluwari wong kang siniya-siya sakatangané wong duraka!14Kenaa ing laknat dina kelairanku!Dilalèkna dinané biyungku enggonénglairaké aku!15Kenaa ing laknat wong sing nggawakabar kabungahan marang bapakku,"Kowé wis kaparingan anak lanang!"16Wong mau dadia kaya kutha-kuthasing digempur déning Allah tanpa welas.Wong mau yèn ésuk krungu swarané

Page 828: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 20.17–21.4 98

wong sesambat, lan yèn awan krunguswaraning perang.17Merga wong mau ora matèni akusadurungé aku dilairaké, dadiné aku rakbakal mati ana ing wetengé biyungku?18O, yagéné aku kokdilairaké? Apamung supaya aku ngalami pagiris lankasusahan, sarta mungkasi uripku srananandhang kwirangan?

211Zedekia raja Yéhuda ngutusPasyhur bin Malkia lan Imam

Zéfanya bin Maaséya nemoni aku karodiweling mengkéné,2 "Kula aturi neges dhateng kersanipunPangéran kanggé kula, margi RajaNebukadnésar saking Babil lantentaranipun badhé ngepung kithaYérusalèm. Mbok menawi Pangérankersa damel kaélokan lan nundhungNebukadnésar késah saking ngriki."3Pangéran banjur ngandika marangaku, lan aku nglantaraké pangandikamau marang para utusané Zedekia.4Pangandikané Pangéran Allahé Israèlmarang Zedekia mengkéné, "Zedekia,tentaramu sing perang nglawan rajaBabil bakal Dakulungaké marangmungsuhé. Gegamané para prejuritmu

Page 829: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 21.5–9 99

bakal Daktumpuk ana ing tengahékutha.5Kowé bakal Daklawan nganggopangwasa-Ku, paukuman-Ku, wewelak-Kum lan duka-Ku.6Saben wong sing manggon ing kuthakono bakal Dakpatèni. Manungsa lankéwan bakal padha mati merga pageblugsing nggegirisi.7Nanging kowé, para pegawémulan rakyat kekarèné sing ora matimerga déning pedhang, paceklikutawa pageblug, bakal Dakulungakémarang tangané Raja Nebukadnésar lanmungsuh-mungsuhmu liyané, sing areppadha matèni kowé. Kowé bakal dipatènidéning Nebukadnésar, tanpa diémanutawa diwelasi."8Aku banjur didhawuhi Pangérankandha karo rakyat mengkéné,"Rungokna! Pangéran ngandikamengkéné, ‘Miliha endi singkokkarepaké, dalan sing anjog ingurip apa dalan sing anjog ing pati.9Sapa sing milih tetep manggon ingkutha kéné bakal mati déning pedhang

mwewelak: paukuman wujud sesakit, bebaya, lss.

Page 830: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 21.10–13 100

utawa mati kaliren utawa mati mergasaka pageblug. Nanging sing sapa metusaka kutha, banjur pasrah marang wongBabil, sing saiki ngepung kutha iki, bakalora dipatèni, bakal diuripi.10Aku wis gawé putusan ora bakalngéman kutha iki, malah arep Dakrusakbabar-pisan. Bakal Dakulungaké marangraja Babil, sing bakal ngobong kuthaiki nganti tapis. Aku, Pangéran wisngandika.’"11Aku banjur didhawuhi déningPangéran nerusaké pangandikanémarang para wargané kratonYéhuda, tedhaké Dawud mengkéné,"Pangandikanipun Pangéran dhatengpanjenengan sedaya mekaten, ‘Sabendina nindakna keadilan. Wong singdisiya-siya luwarana saka tangané wongduraka. Yèn ora, durakamu bakal njalaripaukuman-Ku kaya geni sing ora kenadisirep.’12 (21:11)13Hé Yérusalèm, kowé manggon ingsandhuwuré lebak, kaya parang singmuncul saka tanah ngaré. Nanging kowébakal Daklawan. Rumangsamu ora ana

Page 831: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 21.14–22.4 101

wong sing bisa nyerang utawa nrobosbètèngmu.14Nanging Aku bakal males sakèhépiala sing wis koklakoni. Kedhatonmubakal Dakobong lan geniné bakal mangsasamubarang kang ana ing kiwa-tengené.Aku, Pangéran wis ngandika!"

221Aku didhawuhi déning Pangéransowan ing ngarsané ratu ing

Yéhuda, tedhaké Dawud, lan anaing kana ngaturi pirsa marang SangPrabu lan para pegawéné, sarta paraumat sing manggon ing Yérusalèm,bab pangandikané Allah sing dhawuhmengkéné,2 (22:1)3 "Aku, Pangéran dhawuh marangkowé, supaya padha nglakoni apa singadil lan bener. Ngayomana wong singdisiya-siya, luwarana saka tangané wongala sing nganiaya. Aja nganiaya wongmanca sing manggon ing tengahmu,bocah lola lan para randha. Aja matèniwong sing ora salah ana ing PedalemanéAllah.4Yèn kowé ngèstokaké temenan apasing Dakdhawuhaké, tedhak-turunéDawud bakal lestari dadi raja. Para raja

Page 832: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 22.5–10 102

lan para pegawéné sarta umat kabèh,bakal lestari mlebu-metu ing gapuranékedhaton nunggang kréta lan jaran.5Nanging yèn kowé ora ngèstokakédhawuh-Ku, Aku wis supaos demiasma-Ku piyambak, yèn kedhaton ikibakal dadi gempuran. Aku, Pangéran wisngandika."6 "Kanggoné Aku, kedhatoné rajaYéhuda kuwi éndahé kaya tanahing Giléad, iya kaya gunung-gunungéLibanon. Éwasemono bakal Dakdadèkakéara-ara samun lan tanah sing suwung.7Aku ngutus wong-wong mrana singbakal padha nggempur. Tekané bakalpadha nggawa wadung, banjur padhanegor lan ngrubuhaké wit-wité èrès singbecik-becik, kacemplungaké ing geni."8 "Wong manca sing mbésuk padhaliwat ing kono bakal padha takon-tinakonmengkéné, ‘Yagéné Pangéran damelmengkéné marang negara gedhé iki?’9Nuli bakal padha diwangsuli, ‘Kuwimerga umaté wis padha ninggal janjinéPangéran, Allahé, lan padha ngabektimarang allah liya-liyané.’"10Hé wong Yéhuda, aja nangisi RajaYosia; aja nganakaké patangisan ing

Page 833: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 22.11–15 103

wektu panguburané. Nanging tangisanaYoahas, putrané, sing ditawan lan digawalunga, mangka ora bakal bali menèhselawas-lawasé. Ora bakal weruh tanahwutah-getihé menèh.11Pangandikané Allah ing ngataséYoahas bin Yosia, sing nggentènibapakné dadi raja ing Yéhuda, "Yoahasbakal lunga saka kéné lan ora balimenèh.12Yoahas bakal mati ing tanahpembuwangan, lan ora bakal weruhtanah iki menèh."13Hé, Raja Yoyakim! Cilaka wong singmbangun omahé nganggo tumindakala, lan njemberaké gedhongé nganggolaku goroh. Sing kongkon buruhényambut-gawé, tanpa diwènèhi opah.14Cilaka wong sing muni, "Dakgawéomah sungsun sing gedhé, nganggokamar-kamar sing jembar." Omah maubanjur dipasangi jendhéla nganggokusèn-kusèn kayu èrès, sarta dicètabang.15Apa yèn wis yasa omah saka kayuèrès, enggonmu dadi raja banjurluwih becik, ngungkuli raja liya-liyané?Bapakmu nindakaké kabeneran lan

Page 834: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 22.16–21 104

keadilan, mula kaparingan umur dawalan apa sing ditindakaké kasil.16Wong mlarat dilayani kanthi adil, lanbecik tangkepé marang saben wong. Iyakaya mengkono kuwi lakuné wong singprecaya marang Allah.17Nanging kowé mung mikir marangawakmu dhéwé; kowé matèni wongsing ora salah sarta umatmu dhéwékoksiya-siya lan koktindhes. Aku,Pangéran wis ngandika!18Pangéran banjur ngandika ingngatasé Yoyakim bin Yosia, raja ingYéhuda, "Ora ana wong sing nangisipatiné lan muni, ‘Mesakaké temensedulurku! Memelas temen mitraku!’Iya ora ana sing nangis karo sesambat,‘Dhuh Gusti kawula’, ‘Dhuh ratu kawula!’19Enggoné dikubur carané bakal kayawong mendhem kuldi, disèrèd banjurdibuwang ing sanjabaning gapuranéYérusalèm."20Hé wong-wong ing Yérusalèm,menyanga Libanon lan kandhaa, lungaamenyang Basan lan nangisa; mergasakèhé mitramu wis padha tumpes.21Nalika kowé isih padha mukti wibawa,Aku wis ndhawuhi kowé, nanging kowé

Page 835: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 22.22–25 105

padha ora gelem ngrungokaké. Pancènmengkono caramu wiwit biyèn mula;kowé ora tau ngèstokaké dhawuhéPangéran.22Para penggedhému bakal kaburkaterak ing angin, para mitramubakal kaboyong dadi tawanan perang;kutha-kuthamu bakal dikalahaké landigawé wirang, merga saka sakèhé pialasing wis koktindakaké.23Hé wong sing padha manggon ana ingomah-omah kayu èrès, sing ditekakakésaka Libanon. Mesakaké temen samasakowé mbésuk ketaman ing lelara, lelarasing tekané dadakan, kaya wong wadonsing nglarani arep bayèn.24Pangandikané Pangéran marangRaja Yoyakhin bin Yoyakim, raja Yéhudamengkéné, "Demi Aku, Allah kanggesang, senajan kowé dadia ali-ali caping asta-Ku tengen, éwasemono kowébakal Dakcopot saka ing kono,25 lan Dakulungaké marang tanganéwong sing ngarah matèni kowé.Kowé bakal Dakulungaké marangNebukadnésar, ratu ing Babil, lan paratentarané.

Page 836: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 22.26–23.2 10626Kowé lan ibumu bakal padhaDakbuwang ing tanah sing dudu tanahkelairanmu, lan kowé padha bakal matiana ing kana.27Kowé bakal kepéngin bali menyangtanahmu ing kéné menèh, nanging bakalora kelakon mulih."28Aku banjur matur, "Menapa RajaYoyakhin menika kados grabah pecahingkang kabucal, utawi presasat pirantosingkang sampun mboten kanggé,ngantos katampik ing tiyang? Menapamargi saking mekaten piyambakipunkabucal dalah saanak-anakipun dhatengtanah ngamanca?"29Hé tanah, tanah, tanah! Rungoknapangandikané Pangéran,30 "Wong kuwi tulisen yèn ora duwéanak; wong sing sajegé uripé ora olèhgawé, sebab turuné bakal ora ana singbisa dadi raja, lungguh ing dhamparéDawud, sarta ngerèh tanah Yéhuda. AkuPangéran wis ngandika!"

231Cilaka para pangon singnjalari umaté Allah tumpes lan

kocar-kacir!2Pangandikané Pangéran, AllahéIsraèl marang para raja lan wong-

Page 837: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 23.3–6 107

wong sing mesthiné kudu ngrumatiumat kagungané Allah, "Kowé padhaora mbeciki umat-Ku, malah padhakokbuyaraké lan kokgusahi. Saikikowé bakal Dakukum merga piala singkoklakoni.3Kekarèné wedhus-Ku bakalDakklumpukaké saka tanah-tanahpanggonané mencar, lan Dakbalèkakémenyang tanahé dhéwé. Bakal padhatangkar-tumangkar, mula mundhak akèhcacahé.4Aku bakal ngangkat raja-raja lanpenggedhé-penggedhé sing ngrumatikanthi gemati. Umat-Ku bakal ora krasawedi lan giris, sarta bakal ora Dakukummenèh. Aku, Pangéran wis ngandika!"5Pangéran ngandika menèh mengkéné,"Bakal tekan wektuné, Aku nimbali sakaturuné Dawud, raja sing ngerèh tanahékanthi wicaksana, adhedhasar keadilanlan kabeneran.6Samasa pepréntahané raja mauYéhuda bakal ayem, lan umat Israèluripé bakal tentrem. Asmané raja maubakal kasebut: ‘Pangéran Juru Slametkita.’"

Page 838: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 23.7–12 1087 "Bakal tekan wektuné," mengkonopangandikané Pangéran, "Wong padhaora sumpah nganggo nyebut asma-Ku,Allah sing ngentas Israèl saka tanahMesir,8nanging bakal padha sumpah nganggonyebut asma-Ku, Allah Kang Gesang,sing mbalèkaké umat Israèl saka tanah-tanah Lor, lan saka sakèhé tanah-tanahliyané panggonané dibuyaraké déningAllah. Wong-wong mau bakal padhamanggon ing tanahé dhéwé."9Atiku remuk, aku gemeter, mergasaka Pangéran lan pangandikané. Akukaya wong mendem, kaya wong singkakèhan ngombé anggur.10Tanah Yéhuda wis kebak wong singnyingkur marang Pangéran! Uripé kebakpiala lan enggoné ngerèh sewenang-wenang. Mulané tanahé ngenes mergadiipat-ipati déning Pangéran, lan ara-arapangonané dadi garing.11Pangandikané Pangéran, "Para nabilan para imam padha ora kenal karoAllah. Aku mergoki enggoné padhanindakaké piala ana ing Pedaleman-Ku.12Dalan sing diambah kuwi lunyu lanpeteng; ana ing kono bakal Dakgawé

Page 839: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 23.13–16 109

kesandhung lan tiba. Aku bakal nekakakébebaya, merga wis tekan wektuné padhanampa paukuman. Aku, Pangéran wisngandika!"13Aku pirsa dosa-dosané para nabiing Samaria, nabi-nabi mau padhangramal atas jenengé Baal, nganti padhanasaraké umat-Ku.14Nanging Aku uga pirsa nabi-nabising ana ing Yérusalèm, sing pialanéngluwihi; kuwi malah padha laku jina lanseneng ngapusi; padha njlomprongakéwong supaya padha laku nasar, mulaora ana sing nyegah wong sing laku ala.Tumraping Aku nabi-nabi kuwi ora bédakaro wong-wong ing Sodom lan Gomora.15Mulané, Aku Pangéran Allah KangMahakwasa ngandika bab para nabi ingYérusalèm mau mengkéné, "Wong-wongkuwi bakal Dakparingi mangan butrawali,lan wisa minangka ombèn-ombèné,merga wis padha nyebar piala satanahkabèh."16Pangandikané Allah Kang Mahakwasamarang wong-wong ing Yérusalèmmengkéné, "Aja padha nggugutembungé para nabi. Wangsit singdiwedharaké kuwi palsu, manut

Page 840: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 23.17–22 110

pangothak-athiké dhéwé, dudu apa singDakngandikakaké.17Para wong sing padha nyepèlèkaképangandika-Ku padha dikandhani, ‘Kowébakal nemu katentreman.’ Lan wong singpadha mangkotaké atiné dikandhani,‘Kowé bakal ora ketekan ing bebaya.’"18Aku kandha marang wong-wong ingYérusalèm mengkéné, "Nabi-nabi kuwiora ngerti penggalihé Allah. Ora anasing tau krungu utawa ngerti wangsitéPangéran, malah ora tau nanggapi apamenèh nglakoni pangandikané.19Paukumané kaya prahara, kayapangamuké angin lésus sing mulek anaing sandhuwuré sirahé para wong ala.20Lan ora bakal sirep yèn durungrampung enggoné nglakoni utawanindakaké apa sing dikersakakéPangéran. Ing wekasané jaman umatéAllah, bakal ngerti kuwi mau kabèhkanthi gamblang."21Pangandikané Pangéran, "Para nabikuwi ora Dakutus, éwasemono padhamedhar wangsit atas asma-Ku.22Saupama padha ndhèrèk rembuganana ing ngarsa-Ku, mesthi pangandika-Ku sing dilairaké marang umat-Ku, mula

Page 841: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 23.23–28 111

umat-Ku padha ninggal lakuné sing alasarta penggawéné sing ora bener.23Aku Allah kang ana ing saenggon-enggon lan ora mung ana ing saenggonwaé.24Ora ana wong sing bisa umpetan,nganti ora Dakpirsani. Apa kowé oraweruh yèn Aku ana ing sedhéngahpapan, ing swarga lan ing bumi?25Aku wis miyarsa apa singdikandhakaké déning para nabising medharaké goroh atas asma-Ku,pangucapé, ‘Aku olèh impèn.’26Nganti pira lawasé para nabi singgoroh lan martakaké pawarta apus-apusan sing metu saka atiné dhéwé maunasaraké umat-Ku?27Karepé supaya srana impèn lanosik pangothak-athiké dhéwé mauumat-Ku padha lali marang Aku, kayapara leluhuré sing nyingkur Aku, banjurnyembah marang Baal.28Nabi sing nampa impèn kudukandha yèn sing ditampa mau mungimpèn waé. Nanging nabi sing nampapangandika-Ku, medharna pangandikamau kanthi jujur. Damèn kuwi apa ajinékatandhing karo gandum?

Page 842: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 23.29–34 11229Pangandika-Ku presasat geni, utawakaya palu sing ngremuk watu kilangnganti ajur mumur.30Aku nglawan marang para nabi singnyolong pangandika-Ku saka kancané,banjur medharaké kaya-kaya dhèwèkédhéwé sing nampa wangsit mau.31Aku iya nglawan para nabi singmedharaké tembungé dhéwé, nangingkandha yèn kuwi pangandika-Ku.32Rungokna pangandika-Ku, mengkonopangandikané Pangéran. Aku nglawanpara nabi sing nyritakaké impènéapus-apusan, nganti nasaraké umat-Kusrana gorohé lan umuké. Para nabi mauora padha Dakutus utawa Dakwelingmedhar wangsit apa-apa, mulané oramaédahi pisan-pisan marang bangsa iki.Aku, Pangéran wis ngandika!"33Pangéran ngandika mengkénémarang aku, "Yérémia, yèn ana umat-Ku, utawa nabi utawa imam takonmarang kowé, ‘Pangéran paring dhawuhapa?’ Kowé kudu kandha, ‘Kowé kuwidadi momotan kagem Allah, mulanébakal dibuwang.’34Menawa ana umat-Ku, utawanabi, utawa imam nganggo tembung

Page 843: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 23.35–39 113

‘momotané Allah’, wong kuwi bakalDaktumpes, mengkono uga brayaté.35Nanging saben wong kandhaakaro kancané utawa seduluré,‘Dhawuh wangsulané Pangéran utawapangandikané Pangéran kepriyé?’36Dadi saterusé ora kena padhamuni ‘momotané Allah’, sebab menawaana sing muni mengkono, Aku bakalndadèkaké pangandika-Ku dadimomotan temenan kanggo wong mau.Sebab wong-wong kuwi wis padhangowahi pangandikané Allah kanggesang, Pangéran Kang Mahakwasa.37Para nabi padha takonana mengkéné,‘Dhawuh wangsulané Pangéran kepriyé?’utawa, ‘Pangandikané Pangérankepriyé?’38Menawa wong-wong mau padha orangèstokaké dhawuh-Ku lan tetep padhamuni ‘momotané Pangéran’, kandhananayèn39wong mau bakal Dakjunjung lanDakbuwang adoh saka ngarsa-Ku,bareng karo kutha sing Dakparingakémarang para leluhuré.

Page 844: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 23.40–24.5 11440Wong-wong mau bakal Dakgawé orakajèn lan nandhang wirang sing bakalora dilalèkaké ing selawas-lawasé."

241Pangéran nedahi aku kranjangloro isi woh anjir, sing semèlèh

ana ing ngarepé Pedalemané Allah.(Kelakoné kuwi sawisé Nebukadnésar,raja ing Babil, mboyong Raja Yoyakhinbin Yoyakim, raja Yéhuda, dadi tawanandigawa saka Yérusalèm menyang Babil,bebarengan karo para penggedhéYéhuda, para undhagin lan para pandhé.)2Kranjang sing siji isi woh anjir becik,yakuwi sing mateng dhisik; liyané isiwoh anjir ala, sing saka alané nganti orakena dipangan.3Gusti Allah banjur ngandika marangaku, "Yérémia, kowé weruh apa?" Aturwangsulanku, "Woh anjir; ingkangsaé menika saénipun nglangkungi,sarta ingkang awon, awonipun inggihnglangkungi, saking awonipun ngantosmboten kénging katedha."4Pangéran banjur ngandika marangaku,5 "Aku, Pangéran, Allahé Israèl mawaswong-wong sing kabuwang ing Babil

nundhagi: tukang prabot balé-griya.

Page 845: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 24.6–9 115

kuwi kena diibarataké woh anjir singbecik, mulané bakal Dakrumati kanthikatresnan.6Bakal Dakreksa lan Dakbalèkakémenèh ing tanahé dhéwé. BakalDakbangun lan ora Dakrusak. BakalDaktandur lan ora Dakbedhol;7bakal Dakparingi ati sing precayamarang Aku, yèn Aku iki Allah sartabakal padha dadi umat-Ku, lan Aku dadiAllahé, merga bakal padha mratobatmarang Aku kanthi éklasing atiné.8Déné mungguh Zedekia, raja Yéhuda,lan para penggedhé sarta sakekarènéwong ing Yérusalèm sing isih anaing tanah iki, apa menèh sing padhamanggon ing tanah Mesir, bakalDakpatrapi padha kaya woh anjir singala, sing saking alané nganti ora kenadipangan.9Aku bakal nekakaké bebaya marangwong-wong mau nganti para bangsa ingbumi padha giris kabèh. Wong-wongmau bakal dipoyoki, digawé lelucon,dirèmèhaké, lan jenengé dienggonyupatani wong, ana ing ngendi-endiparané padha Daktundhung.

Page 846: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 24.10–25.5 11610Aku bakal nekakaké perang, pacekliklan pageblug marang wong-wong maunganti padha tumpes tapis saka tanahsing Dakparingaké marang wong-wongmau lan para leluhuré."

251Nyandhak taun kapaté Yoyakimbin Yosia jumeneng raja ing

Yéhuda, aku kaparingan wangsit déningPangéran, gandhèng karo sakèhéwong sing ana ing Yéhuda. (Kuwi taunkapisané Nebukadnésar jumeneng rajaing Babil.)2Aku banjur medhar pangandikanéAllah marang sakèhé wong ing Yéhudalan ing Yérusalèm mengkéné,3 "Wis telulikur taun lawasé, yakuwiwiwit taun kaping telulasé Yosia binAmon jumeneng raja ing Yéhuda ngantisepréné, Pangéran paring wangsitmarang aku, lan tansah dakterusakémarang kowé. Nanging kowé ora taunggatèkaké.4Kowé ora gelem ngrungokaké,apa menèh mbangun-turut, senajanPangéran ora kèndel-kèndel ngutus paraabdiné, yakuwi para nabi.5Para nabi mau padha nuturi kowésupaya padha mratobat saka lakumu

Page 847: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 25.6–9 117

sing ala lan saka duraka sing koklakoni,supaya lestari pamanggonmu ana ingtanah sing diparingaké déning Pangéranmarang para leluhurmu dadi tanahwarisan.6Kowé padha dipituturi supaya ajapadha nyembah brahala lan memungudukané Pangéran merga nyembahmarang reca-reca gawéané tanganmu.Yèn kowé ngèstokaké dhawuhé Pangéranmau Panjenengané bakal ora ngukumkowé.7Nanging Pangéran piyambak ngandikayèn kowé padha ora gelem ngrungokakédhawuhé. Malah kowé padha memungudukané srana reca-recamu. Sranamengkono kowé nekakaké paukumankanggo awakmu dhéwé.8Sarèhné kowé padha ora gelemngrungokaké Panjenengané, PangéranAllah Kang Mahakwasa ngandikamengkéné,9 ‘Aku bakal nimbali bangsa-bangsasaka Lor lan abdi-Ku Nebukadnésarsaka Babil. Dakdhawuhi perang nglawanYéhuda lan wong-wong sing padhamanggon ing kono, sarta bangsa-bangsa sing ana ing kiwa-tengené.

Page 848: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 25.10–14 118

Bangsa Yéhuda lan bangsa-bangsasacedhaké kono bakal Daktumpes ngantidadi ludhesan selawas-lawasé. Aku,Pangéran, wis ngandika!10Aku bakal mbungkem swaraningwong sing padha bungah-bungah lanswarané wong sing padha giyak-giyaking pésta mantèn. Bakal padha kentèkanlenga kanggo ngurubaké lampuné lankentèkan gandum.11Tanah iki kabèh bakal mung isijugrugan sing nggegirisi. Déné bangsa-bangsa sakiwa-tengené bakal padhangawula marang raja Babil nganti pitungpuluh taun lawasé.12Sawisé mengkono Babil dhéwélan rajané bakal Dakukum mergasaka dosané. Babil bakal Daktumpes.Dakdadèkaké ara-ara samun lanludhesan ing selawas-lawasé.13Babil bakal Daktumpes sranapaukuman kaya sing Dakagem numpesbangsa-bangsa kaya sing Dakwedharakémarang Yérémia sadurungé — yakuwisakèhé paukuman kang kasebut ingKitab iki.14Babil bakal Dakwales manutpenggawéné marang bangsa-bangsa.

Page 849: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 25.15–19 119

Bangsa Babil bakal dadi kawulanébangsa-bangsa liyané lan dadi batur-tukoné raja-raja agung.’"15Pangéran, Allahé Israèl, ngandikamengkéné marang aku, "Iki tuwunganggur kang isi paukuman-Ku. Tuwungiki iderna marang para bangsa sing kudunampani pangandika-Ku. Konen padhangombé saka tuwung iki.16Yèn padha ngombé banjur bakalpadha sempoyongan lan ora mikir babperang sing bakal Daktekakaké."17Tuwung mau banjur daktampanisaka astané Pangéran, sarta dakiderakémarang bangsa-bangsa kabèh singdaktekani. Bangsa-bangsa mau banjurpadha ngombé kabèh saka tuwung mau.18Yérusalèm lan kutha-kuthanéYéhuda, para raja lan para penggedhénékabèh padha ngombé saka tuwung mau,mula satanah kono kabèh bakal dadiara-ara samun sing nggegirisi, lan wongbakal padha nyupatani awaké dhéwé,kaya sing kelakon tekan sepréné.19 Iki daftaré wong-wong liyané singkudu padha ngombé saka tuwungmau: Raja Mesir, para pegawé lanpara pemimpin, wong Mesir kabèh

Page 850: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 25.20–27 120

lan wong-wong manca sing padhamanggon ing kono; para rajané tanahUz; para rajané kutha-kutha Filistin,Askelon, Gaza, Ékron; lan kekarènéAsdod; wong-wong Édom, Moab lanAmon; para rajané Tirus lan Sidon; pararajané tanah-tanah Segara Tengah.Kutha-kuthané Dédan, Téma lanBus. Wong-wong sing padha ngethokrambuté nganti cendhak; raja-raja Arabkabèh; raja-rajané bangsa-bangsa singmanggon ing ara-ara samun; raja-rajanéZimri, Élam lan Média kabèh; raja-rajatanah-tanah Lor, sing adoh lan singcedhak, gentènan. Ringkes bangsakabèh ing salumahé bumi kudu padhangombé saka tuwung mau. Sing kèridhéwé ngombé saka tuwung mau rajaBabil.20 (25:19)21 (25:19)22 (25:19)23 (25:19)24 (25:19)25 (25:19)26 (25:19)27Pangéran banjur ngandikamarang aku mengkéné, "Wong-

Page 851: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 25.28–30 121

wong kandhanana yèn Aku, PangéranKang Mahakwasa, Allahé Israèl, singdhawuh supaya wong kabèh padhangombé nganti mendem lan mutah-mutah, nganti padha ambruk lan ora bisangadeg menèh, merga saka peprangansing Daktekakaké.28Lan menawa ana sing ora gelemnampani tuwung mau saka tanganmulan ngombé saka kono, kandhanana yènPangéran Kang Mahakwasa sing paringdhawuh sing ndhawuhi wong-wong mau,supaya ngombé saka tuwung mau.29Aku bakal miwiti ngrusak ana ingnegara-Ku dhéwé. Apa dikira wong-wongkuwi bisa lolos saka paukuman-Ku? Ora.Wong-wong ing kutha iya bakal kaukum,jalaran Aku bakal nekakaké perangmarang para bangsa ing salumahingbumi. Aku, Pangéran Kang Mahakwasawis ngandika.30Déné kowé Yérémia, kudumedhar sakèhé pangandika kangwis Dakparingaké marang kowé.Kandhakna karo wong-wong maumengkéné, ‘Pangéran bakal nyuwantensora saka swarga kaya swaranégludhug saka pucaké gunung-gunung.

Page 852: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 25.31–34 122

Panjenengané bakal ngandika kalawanswara sora marang umaté, bakal kayambengoké wong sing lagi ngidak-idakanggur ing pemipitan. Saben wong ingbumi bakal krungu pangandikané.31Swantené bakal ngumandhang tekanpojok-pojoking bumi. Pangéran bakalmengsahan karo bangsa-bangsa ingbumi. Wong kabèh bakal padha diadili.lan wong ala bakal didhawahi ukumanpati, Pangéran wis ngandika.’"32Pangéran Kang Mahakwasa ngandikayèn bebaya bakal tular-tumular nekanibangsa-bangsa, bangsa siji gentènsijiné, lan ana prahara gedhé jumedhulsaka pungkasané bumi.33 Ing dina kuwi jisim-jisimé wong-wongsing dipatèni déning Pangéran bakalsumebar saenggon-enggon ana ingbumi. Ora ana wong sing nangisijisim-jisim mau, lan ora ana sing digawalunga lan dikubur. Bakal padha ditumpukana ing lemah kaya kotoran sing kanggorabuk.34Hé para pemimpin, lan para pangonéumat-Ku, padha nangisa sing seru!Padha nangisa lan gulung-gulunga anaing lemah. Merga wis tekan mangsané

Page 853: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 25.35–26.3 123

enggonmu padha disembelèh lan dijagalkaya wedhus lanang.35Kowé bakal ora bisa oncat saka kono.36Kowé bakal sesambat lan nangismerga sedhih, merga Pangéran sranapaukumané wis numpes bangsamu lanndadèkaké tanahmu sing tentrem dadigempuran.37 (25:36)38Pangéran wis nilar umaté, kayasinga sing metu saka guwané. Pagirisingperang lan bentèring bebendunéPangéran wis malik tanah mau dadiara-ara samun.

261Ora let suwé enggoné Yoyakimbin Yosia jumeneng raja ana ing

Yéhuda.2Pangéran ngandika marang akumengkéné, "Kowé ngadega anaing platarané Pedalemané Allah lanmedharna marang wong-wong singpadha teka saka kutha-kuthané Yéhudaarep manembah, sakèhé pangandikasing wis Dakdhawuhaké marang kowé,aja ana sing kecècèr.3Mbokmenawa wong-wong mau padhagelem ngrungokaké lan mratobat sakalakuné sing ala. Yèn mengkono Aku bakal

Page 854: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 26.4–8 124

ngowahi rancangan-Ku bab enggon-Kubakal nekakaké paukuman marangwong-wong mau, merga saka piala singpadha dilakoni."4Pangéran dhawuh marang aku supayangandhani wong-wong mau mengkéné,"Aku, Pangéran, wis paring dhawuhyèn kowé kudu padha mbangun-turutmarang piwulang sing wis Dakparingakémarang kowé.5Lan supaya nggatèkaké tembungépara abdi-Ku, yakuwi para nabi, singora kendhat-kendhat Dakutus nekanikowé. Nanging kowé ora tau ngèstokakédhawuh-Ku.6Yèn kuwi kokterus-terusaké,Pedalemané Allah iki bakal Dakgawékaya Silo, lan sakèhé bangsa ing bumibakal nganggo jenengé kutha iki kanggongipat-ipati."7Para imam, para nabi lan sakèhéwong sing ana ing platarané PedalemanéAllah kono padha krungu apa singdakkandhakaké.8Sawisé rampung enggonkunglantaraké pangandikané Allahkabèh, aku banjur dicekel déning

Page 855: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 26.9–13 125

wong-wong mau karo padha muni,"Cekaké kowé kudu mati!9Merga tembungmu ora nggenah!Yagéné kowé muni atas asmanéPangéran yèn Pedaleman iki bakalngalami kaya Silo, lan kutha iki bakalkatumpes, nganti wongé entèk kabèh?"Wong-wong mau padha ngrubung aku.10Bareng para penggedhéné Yéhudapadha krungu, banjur énggal-énggalpadha metu saka kedhaton menyangPedalemané Allah, sarta padha lungguhing Gapura Anyar.11Para imam lan para nabi banjurpadha kandha karo para penggedhé lanrakyat sing ana ing kono mengkéné,"Tiyang menika kedah kaukum pejahmargi criyos bilih kitha menika badhékatumpes kados ingkang panjenenganpireng piyambak."12Aku banjur muni mengkéné,"Pangéran sampun ngutus kula,nerangaken dhateng panjenengan babsamukawis ingkang badhé kedadosanbab Pedalemanipun Allah menika.13Maksudipun supados panjenenganngéwahi gesang panjenengan lansolah tingkah panjenengan, sarta

Page 856: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 26.14–17 126

mbangun-turuta dhateng Pangéran,Allah panjenengan. Menawi menikapanjenengan lampahi, Pangéran badhéngéwahi rancanganipun enggènipunbadhé ndhatengaken karisakan dhatengpanjenengan.14Nanging menggah kula, kula purunpanjenengan menapakaken kémawon,ingkang panjenengan anggep saé lanleres.15Nanging panjenengan kedah émutsaprekawis: Menawi kula panjenenganpejahi, menika ateges bilih panjenenganlan rakyat ing kitha menika ngwutahakenrahipun tiyang resik, margi ingkangngutus kula ngémutaken panjenenganmenika Pangéran piyambak."16Para penggedhé lan wong akèhsing ana ing kono banjur kandha karoimam lan para nabi mengkéné, "Tiyangmenika nglantaraken pangandikanipunPangéran, Allah kita, pramila sampunngantos dipun pejahi!"17Sawisé mengkono banjur anapinituwa sawetara sing ngadeg lanngandhani wong akèh sing ana ing konomengkéné,

Page 857: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 26.18–21 12718 "Nalika Hizkia jumeneng raja ingYéhuda, Nabi Mikha saking Morèsyèt,naté medhar wangsit dhateng tiyang-tiyang, bilih Pangéran, Allah IngkangMahakwasa ngandika mekaten, ‘Sionbakal diluku kaya sawah, Yérusalèmbakal dadi gempuran, lan PedalemanéAllah bakal dadi alas.’19Raja Hizkia lan tiyang-tiyang Yéhudamboten lajeng mejahi Nabi Mikha, malahHizkia lajeng mratobat lan ngangkahpikantuk sihipun Pangéran malih. MilaPangéran lajeng ngéwahi penggalihipunlan mbatalaken enggènipun badhéndhatengaken karisakan. Samenika,menapa kita badhé ndhatengakenbebaya ingkang semanten agengipundhateng badan kita piyambak?"20 Ing kono ana wong siji menèh,jenengé Uria bin Semaya, saka Kiryat-Yéarim, sing iya medhar wangsit atasasmané Pangéran, bab bilai sing bakalnekani kutha Yérusalèm, kaya singdiwedharaké déning Yérémia.21Nalika Sang Prabu Yoyakim lan paraprejurité sarta pegawé krungu pamedharwangsité Uria, Sang Prabu banjur ngaraharep matèni Uria. Bareng krungu sing

Page 858: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 26.22–27.4 128

mengkono mau, Uria saka wediné banjurngungsi menyang tanah Mesir.22Nanging Raja Yoyakim nuli utusanÈlnatan bin Akhbor lan wong sawetaranututi menyang Mesir nyekel Uria.23 (Uria digawa bali ing ngarsané RajaYoyakim. Yoyakim banjur dhawuh matèniUria. Layoné dikubur ana ing kuburanumum.)24Nanging sarèhné aku diayomidéning Ahikam bin Safan, mula aku oradiulungaké ing tangané wong akèh maulan dipatèni.

271Sawisé Yosia bin Zedekiajumeneng raja ing Yéhuda, ora

wetara suwé Pangéran ngandika marangaku2 supaya gawé pasangan,o banjurmasang pasangan mau ana ing githokku.3Aku banjur didhawuhi medhar wangsitkanggo raja-raja Édom, Moab, Amon,Tirus lan Sidon, lumantar para utusansing padha sowan Sang Prabu Zedekiaana ing Yérusalèm.4Pangéran Kang Mahakwasa,Allahé Israèl ngutus aku medharaké

opasangan: rakitan (bhs. Ind.).

Page 859: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 27.5–9 129

pangandikané marang para raja maumengkéné,5 "Srana kasektèn lan pangwasa-KuAku nitahaké jagad lan manungsa sartasakèhé kéwan sing urip ana ing bumi.Dakparingaké marang sapa waé, singDakpilih.6Lan saiki Aku maringaké sakèhébangsa iki ana ing tangané abdi-KuNebukadnésar raja ing Babil, dalahsakèhé kéwan galak pisan Dakparingakéing tangané supaya padha sumuyuda.7Para bangsa kabèh bakal sumuyudmarang raja mau, lan bakal padhangawula anak-anak lan putu-putuné,nganti tekan mangsané negara Babildhéwé rubuh. Bangsa kuwi banjur bakaldadi kawulané bangsa-bangsa gedhé lanraja-raja sing nelukaké.8Yèn ana bangsa utawa kratonsing mbaléla marang Nebukadnésar,bangsa mau bakal Dakukum sranaperang, paceklik lan pageblug, ngantiwekasané ditumpes babar-pisan déningNebukadnésar.9Aja padha ngandel karo nabi-nabimuutawa karo wong sing kandha bisangramal apa sing bakal kelakon, iya

Page 860: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 27.10–13 130

srana impèn, utawa srana neges marangroh-rohé wong mati, utawa srana sihir.Karepé wong-wong mau supaya kowé ajapadha gelem teluk karo Nebukadnésar,raja ing Babil.10Sejatiné wong-wong mau padhangapusi kowé, nganti njalari kowédibuwang saka tanahmu kéné, sebabkowé banjur bakal Daktundhung sakakéné, sarta Dakbuyaraké.11Nanging bangsa sing teluk marangNebukadnésar, raja ing Babil, lan gelemdadi kawulané, bakal Daklestarèkakéngenggoni tanahé dhéwé, nggaraptanahé lan urip ana ing kono. Aku,Pangéran wis ngandika!"12Aku ngaturaké pangandika maukabèh marang Raja Zedekia, raja ingYéhuda, aturku, "Sang Prabu kulaaturi teluk dhateng raja ing Babilkémawon, sarta ngawula dhateng rajalan rakyatipun, temtu Sang Prabu badhélestantun gesang.13Menapa ginanipun Sang Prabu lanrakyat sedaya ngalami pejah wontening peprangan utawi margi déningpaceklik lan pageblug? Sebab miturutdhawuhipun Pangéran kados mekaten

Page 861: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 27.14–17 131

ingkang badhé dipun alami déningsaben bangsa ingkang mboten tundhukdhateng raja ing Babil.14Sampun nggega dhatengtembungipun para nabi ingkangmenggak Sang Prabu teluk dhatengNebukadnésar. Nabi-nabi menika samingapusi Sang Prabu.15Pangéran piyambak sampunngandika, bilih mboten ngutus nabi-nabimenika, nanging nabi-nabi menikasami goroh dhateng Sang Prabu atasasmanipun Allah, mila Sang Prabu badhékatumpes déning Allah, badhé samikapejahan, inggih Sang Prabu, inggihpara nabi ingkang sami nggorohi SangPrabu."16Aku banjur kandha karo paraimam lan rakyat yèn Pangéran wisngandika mengkéné, "Aja padhanggugu karo para nabi sing kandha yènraja-branané Pedalemané Allah bakalénggal kabalèkaké menèh saka Babil.Nabi-nabi kuwi ngapusi kowé.17Mulané aja kokgugu! Teluka karoraja ing Babil, kowé bakal lestari urip!Apa paédahé yèn kutha-kuthamu dadigempuran?

Page 862: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 27.18–28.1 13218Yèn nabi temenan lan nampa wangsitsaka Aku, karebèn nyuwun marang Aku,Pangéran Kang Mahakwasa, supaya ajamarengaké kekarèné raja-brana singana ing Pedalemané Allah lan ana ingkedhaton kaboyong menyang Babil."19 (Nalika Sang Prabu Nebukadnésarmboyong Yoyakhin bin Yoyakim rajaing Yéhuda menyang Babil, semonouga para pengarepé wong Yéhuda lanwong Yérusalèm, panjenengané nilarrerenggané cagak-cagak, segaran sakaprunggu, kréta rerékan lan rerengganPedalemané Allah liyané.)20 (27:19)21 "Rungokna dhawuh-Ku, PangéranKang Mahakwasa, Allahé Israèl, ingngatasé raja-brana sing kari ana ingPedalemané Allah lan ing kedhaton ingYérusalèm.22Barang-barang mau bakal diusungimenyang Babil lan tetep ana ingkana, nganti tekan titi-mangsané Akumenggalih menèh. Aku banjur bakalmbalèkaké barang-barang mau ing konomenèh. Aku, Pangéran wis ngandika."

281 Ing sajroning taun kuwi uga,nalika Zedekia enggoné jumeneng

Page 863: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 28.2–6 133

raja nyandhak taun kaping pat, sasilima, Hananya bin Azur, nabi saka kuthaGibéon nemoni aku ana ing plataranéPedalemané Allah. Ana ing ngarepé paraimam lan wong akèh Hananya kandhakaro aku,2yèn Pangéran Kang Mahakwasa, AllahéIsraèl, ngandika mengkéné, "Pasanganéraja ing Babil wis Dakputung.3 Ing sajroné rong taun iki Akubakal ngulihaké sakèhé raja-brananéPedalemané Allah, sing dirampas déningRaja Nebukadnésar, ratu ing Babil, landiusungi menyang Babil.4Aku uga bakal mbalèkaké Yoyakhinbin Yoyakim, raja ing Yéhuda, semonouga sakèhé wong Yéhuda sing kabuwangmenyang ing Babil. Pasangané raja ingBabil bakal Dakputung, Aku, Pangéranwis ngandika!"5Ana ing ngarepé para imam lanwong akèh sing padha ngadeg ana ingplatarané Pedalemané Allah aku banjurkandha karo Hananya mengkéné,6 "Becik banget! Muga-muga Pangérankersa tumindak mengkono! Muga-mugaramalanmu kelakon temenan; Pangéranmangsulaké raja-branané Pedalemané

Page 864: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 28.7–13 134

Allah lan sakèhé wong sing ditawandigawa menyang Babil.7Nanging rungokna tembungku marangkowé lan marang wong akèh sing anaing kéné.8Para nabi ing jaman kepungkur,suwé sadurungé aku lan kowé ana,padha ngramal yèn akèh bangsa-bangsalan kraton-kraton sing bakal ketekanpeprangan, paceklik lan pageblug.9Déné nabi sing ngramal bakal ananékatentreman, bisané diakoni yèn pancènutusané Pangéran, yèn ramalané maukelakon temenan."10Hananya banjur njupuk pasangansing ana ing guluku, banjur diputung,11karo muni ing ngarepé wong akèh,"Pangéran ngandika, ‘Ya kaya mengkénéiki enggon-Ku bakal mutung pasanganéRaja Nebukadnésar, sing dipasang anaing guluné para bangsa; lan kuwi bakalkelakon sajroné rong taun iki.’" Akubanjur lunga saka kono.12Ora wetara suwé aku banjur diutusdéning Pangéran13nemoni Hananya sarta didhawuhikandha mengkéné, "Pangéran ngandikayèn pasangan kayu mau kena

Page 865: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 28.14–29.1 135

kokputung, nanging Pangéran bakalmasang pasangan liya minangkagantiné.14Pangéran Kang Mahakwasa, AllahéIsraèl, ngandika, yèn bakal masangpasangan wesi ing guluné bangsa-bangsa mau lan bangsa-bangsa kuwibakal padha ngawula Nebukadnésar, rajaing Babil. Malah Pangéran ngandika yènpara kéwan pisan bakal padha ngawulamarang Nebukadnésar."15Sabanjuré aku kandha mengkénékaro Hananya, "Rungokna Hananya!Kowé ora diutus déning Pangéran. Kowéwis ngapusi wong akèh iki.16Mulané Pangéran ngandika yèn kowébakal ditumpes. Sadurungé taun ikientèk kowé bakal mati, merga kowé wisngajak bangsa iki murtad lan nglawanmarang Pangéran."17 Ing sasi kapitu taun kuwi Hananyamati.

291Aku banjur nulis layang marangpara imam, para nabi, para

penggedhé lan rakyat sing padhaditawan déning Nebukadnésar sakaYérusalèm menyang Babil.

Page 866: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 29.2–7 1362Enggonku nulis mau sawisé Yoyakhin,ibuné, para pegawé, para penggedhénéYéhuda lan Yérusalèm, para tukang lanpara tenaga ahli diwetokaké saka tanahYéhuda.3Layang kuwi dakwènèhaké marangÉlasa bin Safan lan marang Gemarya binHilkia, sing diutus déning Zedekia, rajaYéhuda, marang Nebukadnésar, raja ingBabil. Surasané layang mau mengkéné,4 "Pangéran Kang Mahakwasa, AllahéIsraèl, ngandika marang wong buwangankabèh sing diangkataké saka Yérusalèmmenyang Babil:5 ‘Padha ngedegna omah lan manggonaing kono. Padha gawéa pakebonan lanmangana apa sing koktandur.6Padha omah-omaha lan bebranahana.Anakmu lanang rabèkna, lan anakmuwadon omah-omahna, supaya padhaduwé anak. Padha tangkar-tumangkarasupaya aja nganti suda.7Padha gawéa raharjané kutha-kuthasing kokenggoni ing pembuwangan iki.Kutha-kutha mau dongakna, suwunnaberkah supaya kaparingan katentremanlan karaharjan.

Page 867: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 29.8–12 1378Aku, Pangéran, Allahé Israèl,ngélingaké aja nganti kowé kenadiapusi déning para nabimu sing padhamanggon ing tengahmu utawa déningsapa waé sing ngaku bisa ngramal apasing bakal kelakon. Kowé aja ngguguimpèn-impèné.9Wong-wong kuwi padha ngapusinganggo asma-Ku. Wong mau oraDakutus. Aku, Pangéran wis ngandika!’10Pangéran ngandika menèhmengkéné, ‘Yèn wis genep pitungpuluh taun enggonmu ana ingpembuwangan ing Babil, Aku bakalngèngeti kowé menèh lan netepi janji-Kungulihaké kowé menyang tanahmudhéwé.11Mung Aku dhéwé sing pirsa apasing Dakrancang kanggo kowé, yakuwirancangan sing gawé karaharjan, dudurancangan paukuman. Rancangan babjaman sing kokarep-arep tekané.12 Ing kono kowé bakal sesambat lansowan marang Aku sarta ngaturaképanyuwun marang Aku, lan Aku bakalnyembadani.

Page 868: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 29.13–17 13813Kowé bakal nggolèki Aku lan sarèhnéenggonmu nggolèki kanthi temenan,kowé bakal ketemu Aku.14Aku bakal marengaké kowé ketemukaro Aku, lan Aku bakal ngulihaké kowémenyang tanahmu dhéwé. Aku bakalnglempakaké kowé saka ing antaranébangsa-bangsa lan sakèhing panggonanenggon-Ku mbuyaraké kowé. Aku bakalngulihaké kowé menyang tanah, sakaenggon-Ku mbuwang kowé.’15Kowé bakal kandha, yèn Pangéranwis maringaké nabi-nabi marang kowéana ing Babil.16Rungokna Pangandikané Pangéranbab Sang Prabu kang lenggah anaing dhamparé Dawud lan ing ngataséumat ing kutha kéné, yakuwi sedulur-sedulurmu sing ora katut kaboyong daditawanan kaya kowé.17Pangandikané Pangéran KangMahakwasa mengkéné, ‘Aku bakalnekakaké perang, paceklik lan pageblugmarang wong-wong sing kari mau.Wong-wong kuwi bakal Dakgawé kayawoh anjir sing saka daluné nganti orakena dipangan.

Page 869: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 29.18–21 13918Wong mau bakal Dakoyak nganggoperang, paceklik lan pageblug, lansakèhé bangsa ing bumi sing nyipatilelakon mau bakal ketaman giris. Ana ingngendia waé wong mau Dakbuyaraké.Wong-wong ing panggonan kono bakalpadha kagèt lan giris ndeleng bebayasing Daktekakaké marang Israèl. WongIsraèl mau bakal padha disepèlèkakélan dadi poyokan, sarta jenengé bakaldienggo nyupatani wong.19Kuwi kabèh merga enggoné padhaora ngèstokaké pangandika-Ku lumantarpara nabi abdi-Ku, sing ora kendhatDakutus marang wong-wong mau.20Hé sakèhé wong sing Dakbuwangmenyang Babil, padha ngrungoknadhawuh-Ku. Sing ngandika iki Aku,Pangéran piyambak.’21Pangéran Kang Mahakwasa, AllahéIsraèl wis ngandika bab Ahab binKolaya lan bab Zedekia bin Maaséya,wong-wong sing medhar wangsit gorohatas asmané Pangéran. Pangéranwis ngandika yèn wong-wong maubakal kaulungaké marang tanganéNebukadnésar, raja ing Babil, sing

Page 870: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 29.22–25 140

bakal matèni wong-wong mau ana ingngarepmu.22Yèn ana wong sing kabuwangsaka Yérusalèm menyang Babil arepnyupatani, wong mau muni mengkéné,‘Muga-muga Pangéran nandukakémarang kowé kaya Zedekia lan Ahabsing padha dipanggang urip-uripandéning raja ing Babil!’23Mengkono mau bakal nasibé Ahabbin Kolaya lan Zedekia bin Maaséya,merga saka gedhéné dosa-dosané,yakuwi dosa nylèwèng lan ngapusinganggo nyebut asmané Pangéran.Mangka sing mengkono mau nerakkersané Pangéran. Panjenenganépirsa lan neksèni piyambak apa singdadi penggawéné wong-wong mau.Mengkono pangandikané Pangéran."24Pangéran Kang Mahakwasa, AllahéIsraèl, paring wangsit marang akukanggo Semaya bin Nekhelam, singkirim layang atas jenengé dhéwé marangwong kabèh ing Yérusalèm lan marangImam Zéfanya bin Maaséya, sarta imamliya-liyané. Ing layang mau Semaya nulismarang Zéfanya mengkéné,25 (29:24)

Page 871: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 29.26–31 14126 "Panjenengan sampun kawisudhadéning Pangéran dados imamgentosipun Yoyada, mila samenikapanjenengan dados pengageng wontening Pedalemanipun Allah. Kuwajibanpanjenengan inggih menika ngrantésaben tiyang éwah ingkang ngakendados nabi, sarta ngalungi gulunipuntiyang wau mawi blenggu tosan.27Kénging menapa Yérémia tiyangAnatot menika mboten panjenenganranté lan panjenengan blenggu kadosmekaten? Mangka piyambakipunsampun medhar wangsit kados nabidhateng umat Israèl.28Tiyang menika kedah dipunbungkem, margi sampun criyos dhatengtiyang-tiyang ingkang kabucal dhatengBabil, bilih enggènipun wonten ingpembuwangan menika badhé dangu.Mila lajeng kapurih sami ngedegakengriya, lajeng dipun enggèni, damelpakebonan lan nedha pamedalipun."29Layang mau diwacakaké Zéfanyamarang aku.30Pangéran nuli ngandika marang aku,31 supaya aku kirim layang marangwong-wong ing pembuwangan ing

Page 872: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 29.32–30.4 142

Babil isi piweling bab Semaya, singuniné mengkéné, "Aku, Pangéran, bakalngukum Semaya lan anak-turuné kabèh.Aku ora ngutus wong mau, éwasemonowong kuwi medhar wangsit kaya-kayadadi nabi, nganti wis ngapusi kowékabèh. Semaya bakal ora duwé anak sijiwaé sing manggon ana ing antaramu.Wong mau bakal ora nyawang sakèhéberkah sing bakal Dakparingaké marangumat-Ku, merga wis ngajak umat-Kumurtad saka ngarsa-Ku. Mengkonopangandikané Pangéran."32 (29:31)

301Pangéran, Allahé Israèl,2ngandika marang aku

mengkéné, "Tulisen ana ing buku, sakèhépangandika sing wis Dakdhawuhakémarang kowé,3merga wis tekan mangsané Akumulihaké kaanané umat-Ku Israèl lanYéhuda. Umat mau bakal Dakbalèkakémenyang tanah sing Dakparingakémarang para leluhuré, supaya dadiduwèké menèh."4Pangéran ngandika marang umatIsraèl lan Yéhuda mengkéné,

Page 873: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 30.5–10 1435 "Aku mireng swarané wong njerit,panjerit merga saka wedi, merga oraana katentreman.6Saiki coba gagasen, apa wong lanangbisa nglairaké bayi? Nanging apa sebabédéné Aku weruh saben wong lanangnyekeli wetengé, kaya wong wadon singlagi nglarani? Yagéné koksaben wongkaton pucet?7Adhuh, dinané bilai wis cedhak; oraana dina sing ngungkuli dina kuwi. Dinakarubedan gedhé tumrapé umat-Ku,éwadéné bakal nampa pangluwaran."8Pangéran Kang Mahakwasa ngandikamengkéné, "Yèn wis tekan mangsané,Aku bakal mutung pasangan sing anaing guluné lan nguculi ranténé, mulamari enggoné dadi batur-tukoné wongmanca.9Sarta bakal padha ngabdi marangAku, Pangéran lan Allahé, lan marangturuné Dawud sing bakal Dakwisudhadadi ratuné.10Hé umat-Ku, aja padha wedi;umat-Ku Israèl, atimu aja miris. Kowébakal Dakluwari saka tanah kang adohmau. Saka tanah panggonanmu dadiwong buwangan. Kowé bakal mulih lan

Page 874: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 30.11–15 144

manggon ing tanahmu kanthi tentrem;kowé bakal kaayoman lan ora anaprekara sing gawé wedimu.11Aku bakal rawuh lan ngluwari kowé,bangsa-bangsa sing biyèn kokkawulanibakal Daktumpes kabèh, nanging kowébakal ora Daktumpes. Kowé bakal orauwal saka paukuman-Ku, nanging yènAku ngukum, paukuman-Ku kuwi adil.Mengkono pangandikané Pangéran."12Pangandikané Pangéran marangumaté, "Tatumu wis ora kena ditambanimenèh, lelaramu wis ora bisa mari.13Ora ana wong sing mbélaniprekaramu, lan ora ana tamba kanggonambani lelaramu, wis ora anapengarep-arep bisa pulih waras.14Dhemenanmu wis padha ninggalkowé, wis padha ora mreduli marangkowé. Kowé wis Daklawan, kaya nglawanmungsuh, paukumanmu pancèn abot,merga dosamu akèh lan pialamu gedhébanget.15Aja sambat merga saka lelara singkoksandhang, sebab laramu ora anatambané. Enggon-Ku ngukum kowémengkono mau merga saka akèhé

Page 875: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 30.16–20 145

dosamu, lan merga saka gedhénépialamu.16Nanging saiki, sapa sing nglawankowé bakal gentèn dilawan, lan sakèhémungsuhmu bakal dibuwang dadi wongtawanan. Sing sapa nindhes marangkowé bakal gentèn ditindhes, lan singsapa njarah-rayah kowé, bakal gentèndijarah-rayah.17Kowé bakal Dakwarasaké menèh;tatu-tatumu bakal Daktambani ngantimari. Senajan mungsuh padha muni,‘Sion kuwi wong buwangan, sisa singwis ora dikaruhaké menèh!’ Mengkonopangandikané Pangéran."18Pangandikané Pangéran mengkéné,"Kaanané umat-Ku bakal Dakpulihakémenèh, lan Dakulihaké menyangtanahé dhéwé; brayaté siji-sijiné bakalDakberkahi, Yérusalèm bakal Dakbangunmenèh, lan kedhatoné Dakpulihaké.19Wong sing manggon ana ing kanabakal padha ngidungaké puji sokur,saka bungahé bakal padha surak-surak.Merga saka berkah-Ku bakal padhatangkar-tumangkar lan kajèn-kéringan.20Pangwasané sing biyèn bakalDakpulihaké menèh lan Daksentosakaké.

Page 876: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 30.21–31.2 146

Sakèhé wong sing nindhes, wong maubakal Dakukum.21Umat-Ku bakal dierèh déningwong saka bangsané dhéwé. Parapenggedhéné kuwi asalé saka antaranéwong-wong mau dhéwé. Wong-wongbakal Dakpeksa supaya padha séba,sowan ing ngarsa-Ku. Sebab sapa singwani ngetohaké nyawané lan nyedhakiAku? Wong-wong mau bakal dadiumat-Ku lan Aku bakal dadi Allahé.Mengkono pangandikané Pangéran."22 (30:21)23Paukumané Pangéran kuwi kayaprahara, kaya angin lésus sing sementormarang para wong ala. Kuwi ora bakalsirep yèn durung rampung enggonénindakaké apa sing dadi kersané.Mbésuk bakal ana mangsané umatéPangéran ngerti sing dadi kersané ngantigamblang.24 (30:23)

311Pangéran ngandika mengkéné,"Bakal tekan mangsané Aku dadi

Allahé para taleré Israèl, lan wong-wongmau dadi umat-Ku.2Nalika isih padha ana ing ara-arasamun, Aku maringi sih-kawelasan

Page 877: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 31.3–8 147

marang wong-wong mau, mula padhaoncat saka pati. Nalika padha kepénginngaso,3Aku ngetingal saka kadohan. Hé umatIsraèl, Aku selawasé tresna marangkowé, mulané Aku tansah ngetingalakékasetyan-Ku marang kowé.4Aku bakal mbangun kowé sepisanengkas. Kowé bakal metu nggawaterbang lan jogèdan kanthi bungah.5Kowé bakal yasa kebon anggur sepisanmenèh ana ing pegunungan Samaria,lan sing sapa nandur anggur bakalngundhuh pametuné kebon angguré.6Bakal tekan mangsané wong singpadha jaga ana ing pegunungan Éfraimpadha giyak-giyak, ‘Ayo padha munggahing Sion, sowan ing ngarsané PangéranAllah kita.’"7Pangandikané Pangéran mengkéné,"Padha memujia kanthi bungah kanggoIsraèl, sing dadi pemimpin ing antaranépara bangsa. Padha nglagokna kidungpamuji, ‘Pangéran wis ngluwari umaté;Panjenengané wis nylametaké umatkekarèné.’8Umat mau bakal Dakirid saka tanahLor lan bakal Dakklumpukaké saka

Page 878: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 31.9–12 148

watesé bumi. Wong wuta lan wonglumpuh bakal padha mèlu, semono ugawong sing mentas nglairaké lan singngarepaké babaran; kabèh bakal padhapulih dadi pasamuwan gedhé.9Tekané umat mau bakal karo nangislan ndedonga, samasa Dakirid balimenyang tanahé, metu panggonan singakèh banyuné, lan dalan sing rata, mulabakal ora padha kesandhung. Aku bakaldadi Ramané Israèl, lan Éfraim kuwianak-Ku mbarep."10Pangandikané Pangéran mengkéné,"Hé para bangsa, padha ngrungoknadhawuh-Ku! Padha wartakna menyangtanah-tanah pesisir sing adoh. Umat-Ku Dakbuyaraké, nanging bakalDakklumpukaké lan Dakengon kayapangon ngengon panthaning wedhusé.11Umat Israèl wis Dakluwari, sartaDakrebut saka tangané bangsa singluwih rosa.12Umat mau bakal padha sowan ingSion karo memuji, bakal padha bungahmerga padha Dakparingi gandum,anggur lan lenga zaitun, wedhus gèmbèllan raja-kaya. Kemakmurané umat bakal

Page 879: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 31.13–18 149

kaya tanah sing akèh banyuné, mergapadha kecukupan sakèhé kebutuhané.13 Ing wektu kuwi para bocah wadonbakal padha jejogèdan merga bungah lanwong lanang, enom, tuwa, bakal padhagiyak-giyak. Kabèh bakal padha Daklipur,kasusahané Dakganti kabungahan,prihatiné Daksantuni kasenengan.14Para imam bakal Dakparingi pangannganti lubèr, umat-Ku bakal Dakcukupisedhéngah barang kabutuhané.Mengkono pangandikané Pangéran."15Pangandikané Pangéran mengkéné,"Ana swara keprungu ing Rama,swaraning tangis sing ngeres banget.Rahèl nangisi anak-anaké; ora gelemdilipur, merga anak-anaké mau wispadha mati kabèh.16Menenga, aja nangis waé, luhmuusapana. Sebab sakèhé kangèlanmukanggo anak-anakmu bakal ora sepi ingganjaran. Anak-anakmu bakal bali sakatanahé mungsuh.17Anak-anakmu bakal bali menèh, mulaana pengarep-arep kanggo dina mbésuk.Mengkono pangandikané Pangéran.18Aku mireng Israèl sambat-sambatkaro sedhih, ‘Dhuh Pangéran, kawula

Page 880: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 31.19–22 150

menika presasat kéwan alasan, nangingkawula sampun Paduka dhawuhimbangun-turut. Kawula mugi Padukawangsulaken; kawula sampun badhésowan Paduka malih, awit Paduka,Pangéran Allah kawula.19Kawula sami nyingkur Paduka,nanging samenika badhé énggal-énggalmratobat. Sesampunipun kawula Padukaajar, sirah kawula sami tumungkul margisedhih. Kawula sami isin lan kwirangan,margi saking dosa-dosa kawula, nalikakawula taksih nènèman.’20Hé Israèl, kowé kuwi putra-Kukinasih, putra sing Daktresnani banget.Samasa Aku nyebut jenengmu, runtuhwelas-Ku marang kowé. Sih-katresnan-Ku marang kowé ora pedhot-pedhot,mula kowé bakal tansah Dakwelasi.21Padha masanga tandha-tandha lantugu-tugu ana ing dalan; metua dalansing biyèn kokambah. Padha muliha, héIsraèl, muliha menyang kutha-kuthamusing koktinggal.22Nganti pira lawasé enggonmugojag-gajeg, hé bangsa sing cupet ingpengandel? Aku wis ndamel béda karo

Page 881: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 31.23–28 151

sing biyèn, kaya wong wadon ngayomiwong lanang."23Pangéran Kang Mahakwasa, AllahéIsraèl ngandika mengkéné, "Yènumat-Ku wis Dakpulihaké kaanané anaing tanahé, ing kono wong Yéhuda singpadha manggon ing kutha-kutha bakalmuni mengkéné, ‘Pangéran mberkahanagunung suci sing ana ing Yérusalèm,panggonan suci Pedalemané Allah.’24Umat-Ku bakal padha manggon ingtanah Yéhuda, ing kutha-kuthané kabèh.Salong ana sing dadi wong tani, salongdadi pangon sing ngengon wedhusé.25Sing kesayahen bakal dadi seger,lan saben wong sing lungkrah awakémerga kurang mangan, bakal Dakparingisawaregé.26Mula wong-wong mau bakal padhangucap mengkéné, ‘Aku mapan turu,bareng tangi awakku wis seger.’27Aku, Pangéran, ngandika, yèn bakaltekan mangsané tanah Israèl lan tanahYéhuda Dakkebaki manungsa lan kéwan.28Kaya déné Aku dhèk biyèn arepmbedhol lan ngrubuhaké umat-Ku, arepDakbuwang, Daktumpes lan Dakiles-iles,

Page 882: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 31.29–34 152

kaya mengkono enggon-Ku saiki arepnandur lan mbangun umat-Ku.29 Ing wektu kuwi wong bakal orakandha menèh, ‘Wong tuwa sing mangananggur mentah, anak-anaké sing linuuntuné.’30Nanging saiki bakal mengkéné, ‘Singsapa mangan anggur mentah, wongkuwi dhéwé sing linu untuné. Sabenwong bakal mati merga dosané dhéwé.’"31Pangandikané Pangéran mengkéné,"Wis tekan wektuné enggon-Ku bakalgawé prejanjian anyar karo umat Israèllan karo wong-wong ing Yéhuda.32Prejanjian iki béda karo prejanjian-Kukaro leluhuré, nalika Dakirid metusaka tanah Mesir. Senajan dhèksemono padha Dakrengkuh kaya bojo,éwasemono padha ora netepi prejanjianmau.33Prejanjian anyar sing bakal Dakdamelkaro Israèl saiki mengkéné, ‘Aku bakalmaringaké Torèt-Ku ana ing batiné, lanDakserat ana ing atiné. Aku banjur bakaljumeneng dadi Allahé lan wong-wongmau bakal padha dadi umat-Ku.’34Apa menèh wong ora prelu awèhpiwulang marang wong Israèl liyané:

Page 883: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 31.35–38 153

Kowé padha wanuha karo Pangéran,merga saben wong bakal wanuh karoAku, iya sing cilik, utawa sing gedhé. Akubakal ngapura dosané lan kaluputanébakal ora Dakéling-éling menèh.Mengkono pangandikané Pangéran."35Pangéran paring srengéngéminangka pepadhang ing wayah awan,lan rembulan sarta lintang-lintangdadi pepadhang ing wayah bengi.Segara dikebur nganti molak-malikaluné; asmané kasebut Pangéran KangMahakwasa.36Panjenengané janji, "Yèn selawasépepesthèné alam iki ora gumingsir. Israèlbakal tansah lestari olèhé dadi bangsa.37Kaya déné langit ora kena diukur,lan dhasar-dhasaré bumi ora kenadititi-priksa, iya kaya mengkono ugaAku bakal ora nampik umat Israèl,senajan akèh kaluputané. Mengkonopangandikané Pangéran."38Pangéran ngandika mengkéné, "Bakaltekan wektuné Yérusalèm kabangunmenèh kasaosaké marang Aku, wiwitsaka Menara Hananèl tekan GapuraPojok.

Page 884: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 31.39–32.4 15439Tapel watesé saka kana terusmengulon menyang pegunungan Garebbanjur mubeng tekan Goah.40Lebak kuwi kabèh, panggonanéjisim-jisim lan awuné kurban padhakabuwang, lan sakèhé palemahan ingsapinggiring Kali Kidron mengétan tekanGapura Jaran, kuwi bakal kasengkerkagem Pangéran. Kutha mau bakal oradigempur menèh utawa dirusak."

321Nalika Zedekia enggonéjumeneng ratu ing Yéhuda

nyandhak taun kasepuluh utawataun kaping wolulasé Nebukadnésarjumeneng ratu ing Babil, Pangéranngandika marang aku.2Nalika semono wadyabala Babil laginempuh kutha Yérusalèm lan aku lagiditahan ana ing platarané kedhaton.3Aku dikunjara ana ing kono déningSang Prabu Zedekia, merga aku didakwamartakaké pangandikané Pangéran singmengkéné, "Aku bakal ngulungaké kuthaiki marang tangané raja Babil,4 lan raja Zedekia bakal ora bisa oncat,Zedekia bakal diulungaké marangtangané raja Babil, lan bakal ketemuadu-arep karo raja Babil.

Page 885: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 32.5–11 1555Raja Zedekia bakal kaangkatakémenyang Babil, lan tetep manggon anaing kana nganti Aku ngrampungaképrekarané. Senajan nglawan perangmarang raja Babil, nanging bakal oramenang. Mengkono pangandikanéPangéran."6Pangéran ngandika marang aku, yènHanameèl, anaké Salum, pamanku,bakal teka nemoni aku. Aku dikon nukupalemahané sing ana ing Anatot, ingwilayah Bènyamin, merga aku sedulurésing cedhak dhéwé, mulané wenangnuku lemah kuwi saka wong mau,7 (32:6)8 cocog karo pangandikané Pangéran.Hananya teka temenan marani aku anaing platarané kedhaton lan akon akunuku palemahané.9Lemahé Hanameèl nuli daktukulan dhuwité sing arep dakenggombayar Hanameèl daktimbang. Reganépalemahan mau pitulas wang slaka.10Layangé dol-tinuku nuli daktandha-tangani lan dakcap, sarta dhuwitédaktimbang nganggo timbangan.11Layang dol-tinuku sing wis dicap lanturunané banjur dakjupuk; loro-loroné

Page 886: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 32.12–18 156

dakwènèhaké marang Barukh bin Neriabin Mahséya. Enggoné ngulungakéana ing ngarepé Hanameèl lan paraseksi sing padha mèlu nandha-tanganilayangé dol-tinuku, sarta ing ngarepéwong-wong sing padha lungguh ana ingplataran kono.12 (32:11)13Ana ing ngarepé wong kabèh mauaku kandha karo Barukh mengkéné,14 "Pangéran Kang Mahakwasa, AllahéIsraèl, dhawuh marang kowé supayalayang dol-tinuku sing asli lan turunanémau koklebokaké ana ing grabah lemah,supaya kena disimpen nganti suwé.15Pangéran Kang Mahakwasa, AllahéIsraèl, ngandika yèn mbésuk ing tanahkéné wong bakal bisa tuku omah,palemahan lan kebon anggur menèh."16Sawisé layang dol-tinuku maudipasrahaké marang Barukh aku banjurndedonga,17 "Dhuh Pangéran, ingkang nitahakenlangit lan bumi kalayan pangwasa lankasektèn. Mboten wonten prekawisingkang mokal kagem Paduka.18Paduka ngetingalaken sih-kasetyanPaduka dhateng tiyang-tiyang maèwu-

Page 887: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 32.19–22 157

èwu, nanging ugi ngukum tiyang margisaking dosaning tiyang sepuhipun.Paduka menika Allah ingkang luhur lankwaos. Saèstu, Paduka menika AllahIngkang Mahakwasa.19Paduka damel rancangan kalayanwicaksana sarta nindakaken prekawis-prekawis ingkang ngédab-édabi. Padukapirsa saben prekawis ingkang dipuntindakaken déning tiyang setunggal-setunggalipun, sarta saben tiyangPaduka ganjar miturut pendamelipun.20 Ing jaman kina Paduka damelkaélokan lan mujijat wonten ing tanahMesir, lan menika Paduka lestantunakendumugi sepriki wonten ing Israèl,mekaten ugi ing antawisipun parabangsa, ngantos asma Paduka misuwurwonten ing pundi-pundi panggènan.21Srana migunakaken pangwaos lankasektèn, Paduka ngirid umat Padukamedal saking tanah Mesir. Padukanindakaken mujijat, kaélokan sartalelampahan-lelampahan ingkang damelgirising mengsah.22Lajeng sami Paduka paringi tanahingkang subur menika, kados ingkang

Page 888: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 32.23–26 158

Paduka janjèkaken dhateng paraleluhuripun.23Nanging sareng sampun mlebet sartandarbèki tanah menika, tiyang-tiyangwau mboten sami mbangun-turutdhateng dhawuh Paduka, lan mbotensami gesang miturut piwulang Paduka,malah sami nglirwakaken sedayadhawuh Paduka, mila Paduka lajengndhatengaken sakathahing paukumanmenika.24Tiyang Babil sampun sami ngepangkitha menika badhé dipun rebat, lansampun wiwit sami nyerang. Peprangan,paceklik lan pageblug badhé nyebabakenkitha menika sirna ing tanganipunmengsah. Kula sami nyipati, bilihmenapa ingkang Paduka ngandikakakenmenika nyata kelampahan.25Éwasemanten, Paduka Allah ingkangmurba wisésa, sampun dhawuh dhatengkawula tumbas pasitèn ing ngajengipunpara seksi, senajan kitha menika sampunmèh rebah, karebat déning tiyang Babil."26Pangéran nuli dhawuh mengkénémarang aku,

Page 889: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 32.27–33 15927 "Aku iki Pangéran, Allahé sakèhémanungsa. Ora ana barang kang mokalkanggoné Aku.28Kutha iki bakal Dakulungaké marangtangané Nebukadnésar, raja ing Babil lantentarané. Kutha iki bakal direbut29 lan diobong. Bakal diobong tapis,semono uga omah-omah sing payonépadha kanggo ngobong dupa marangBaal, lan kanggo gawé sesajènombèn-ombèn marang allah liyané.30Wong Israèl lan wong Yéhuda wiwitbiyèn mula tansah nglakoni piala anaing ngarsa-Ku lan njalari duka-Ku sranapenggawéné.31Wong-wong sing padha manggoning kutha kéné wiwit madegé tekansepréné tansah marakaké duka-Kumakantar-kantar, mulané mesthi bakalDaktumpes,32merga saka sakèhé piala singwis dilakoni déning wong Yéhuda lansing padha manggon ing Yérusalèm,bebarengan karo para rajané, parapenggedhéné, para imam lan paranabiné.33Wong-wong mau padha nyingkurAku, lan senajan ora kendhat-kendhat

Page 890: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 32.34–37 160

enggon-Ku paring piwulang, éwasemonopadha suthik ngrungokaké, apa menèhnglakoni.34Malah padha mapanaké déwa-déwané kenajisan ana ing PedalemanéAllah sing dibangun kanggo manembahmarang Aku, nganti padha najisakéPasucèn-Ku.35Wong-wong mau padha ngedegakémesbèh ana ing Lebak Ben-Hinom,kanggo ngurbanaké anaké lanang lanwadon marang Déwa Molokh. DuduAku sing dhawuh mengkono, lan orabakal sing mengkono mau tuwuh ingpenggalih-Ku, sing njalari wong ngantinglakoni mengkono lan marakaké wongYéhuda tumiba ing dosa."36Pangéran, Allahé Israèl ngandikamarang aku mengkéné, "Yérémia, wongpadha kandha yèn perang, paceklik lanpageblug bakal njalari rubuhé kutha ikilan karebut déning raja ing Babil. Isihana prekara liyané menèh sing arepDakngandikakaké.37Wong-wong sing padha Dakbuyarakémenyang sakèhé negara sajroningmulading duka-Ku, kuwi bakalDakklumpukaké menèh lan Dakbalèkaké

Page 891: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 32.38–43 161

menyang tanahé dhéwé, supaya padhamanggon ing kono kanthi tentrem.38Wong-wong mau bakal dadi umat-Kulan Aku bakal jumeneng dadi Allahé.39Bakal Daktedahaké yèn tujuaninguripé mung siji, yakuwi mbangun-turutmarang Aku ing sauruting jaman, murihbeciké wong-wong mau dhéwé lananak-turuné.40Aku bakal damel prejanjian langgengkaro umat-Ku, yèn selawasé bakalDaktanduki kabecikan. Umat-Ku bakalDakparingi ati sing wedi-asih marangAku, supaya sajegé ora bakal nyingkurAku.41Ati-Ku bakal bungah nindakaké apasing becik kanggo wong-wong mau, lanAku bakal netepaké pamanggoné anaing tanah kéné.42Kaya déné enggon-Ku nekakakékasangsaran marang umat-Ku, iyakaya mengkono uga enggon-Kubakal nekakaké kabegjan, sing wisDakjanjèkaké.43Wong padha kandha yèn tanahiki bakal dadi ara-ara samun singsuwung, merga ora dienggoni déningmanungsa lan kéwan; lan tanah iki bakal

Page 892: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 32.44–33.4 162

kaulungaké marang wong Babil. Nanginging tanah kéné wong bakal bisa tukupalemahan menèh.44Layangé dol-tinuku bakal ditandha-tangani lan dicap sarta diseksèni. Kuwibakal kelakon ing wilayahé Éfraim, landésa-désa sakiwa-tengené Yérusalèmlan ing kutha-kuthané Yéhuda sarta ingkutha-kuthané tanah pegunungan, ingsikilé gunung-gunung lan ing wilayahYéhuda sisih Kidul. Wong-wong bakalDakbalèkaké menèh ana ing palemahanédhéwé-dhéwé. Mengkono pangandikanéPangéran."

331Nalika aku isih ditahan ana ingplatarané kedhaton, Pangéran

paring wangsit menèh marang aku.2Panjenengané kang nitahaké bumi,sing yasa lan mrenahaké ana ing papané,ngandika mengkéné,3 "Ndedongaa kanthi nyebut asma-Ku,Aku bakal paring wangsulan. Kowébakal Daktedahi prekara-prekara gedhélan ngéram-éramaké, sing durung taukoksumurupi.4Aku Pangéran, Allahé Israèl ngandikayèn omah-omah ing Yérusalèmlan kedhatoné raja Yéhuda bakal

Page 893: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 33.5–9 163

dirubuhaké. Ora ana paédahé metoniperang lan nglawan menara-menarapangepungan sing didegaké déning wongBabil. Kuwi mung bakal ngebaki kuthaiki nganggo jisimé wong-wong singDaktumpes sajroning mulad-muladingbebendu-Ku. Kutha iki wis Daktégakakémerga saka sakèhé pialané.5 (33:4)6Nanging kutha iki mbésuk bakalDakpulihaké menèh lan wong sing padhamanggon ing kéné bakal Dakwarasaké.Bakal padha Daklubèri katentreman lankaayeman.7Yéhuda lan Israèl bakal Dakparingikaraharjan lan bakal Dakbangun kayasing uwis-uwis.8Dosa-dosané marang Aku bakalDakbuwang, lan Aku bakal ngapuradosa-dosa panglawané.9Yérusalèm bakal dadi etukingkabungahan, kaurmatan lanpangalembana tumraping Aku. Lansaben bangsa ing bumi bakal padhawedi lan gemeter yèn padha krungu babsakèhé kabecikan sing Daktandukakémarang wong-wong ing Yérusalèm lan

Page 894: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 33.10–12 164

karaharjan sing Daktekakaké ana ingkutha kéné."10Pangandikané Pangéran mengkéné,"Wong kandha yèn panggonan ikikaya ara-ara samun, suwung ora anamanungsané, sarta kéwan pisan oraana sing manggon ing kéné. Pancènmengkono, kutha-kuthané Yéhudalan dalan-dalané Yérusalèm suwungkabèh. Ora ana manungsané lan ora anakéwané.11Nanging ing kéné bakal ramé swaranéwong surak-surak merga saka bungahé.Bakal ana swarané wong duwé gawésing padha nganakaké kraméan. Bakalramé swarané wong saos kurban singpadha nglagokaké kekidungan ana ingPedaleman-Ku. Wong-wong mau bakalpadha ngucap, ‘Padha saosa panuwunmarang Pangéran Kang Mahakwasa,merga Panjenengané kuwi becik lansih-katresnané langgeng ing selawasé.’Tanah iki bakal Dakparingi karaharjankaya sing uwis-uwis. Mengkonopangandikané Pangéran."12Mengkéné pangandikané PangéranKang Mahakwasa, "Ing tanah sing kayaara-ara samun sing suwung blung,

Page 895: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 33.13–16 165

ora ana manungsané lan ora anakéwané, mbésuk bakal ana pangonanélan pangon-pangon sing ngengonwedhus-wedhusé.13 Ing kutha-kutha pegunungan, lansing ana ing sikilé gunung-gunung, ingtanah Yéhuda sisih Kidul, ing wilayahéÉfraim, ing désa-désa sakiwa-tengenéYérusalèm lan ing kutha-kuthané Yéhudapangon-pangon bakal padha nyacahakéwedhusé. Mengkono pangandikanéPangéran."14Pangandikané Pangéran menèh,"Bakal tekan wektuné Aku netepijanji-Ku sing Dakjanjèkaké marang umatIsraèl lan umat Yéhuda.15 Ing dina kuwi Aku bakalnjumenengaké turuné Dawud dadiraja sing adil pangrèhé. Raja mau bakalnindakaké kabeneran lan keadilan ratasanegara kabèh.16Wong Yéhuda lan wong Yérusalèmbakal padha kaluwaran lan bakal padhamanggon kanthi tentrem. Kutha iki bakalkasebut: ‘Pangéran kuwi Juru Slametkita.’

Page 896: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 33.17–23 16617Aku, Pangéran, janji yèn saterusébakal ana tedhaké Dawud sing dadi rajaing Israèl,18 lan ana imam-imam saka tedhakéLèwi sing ngladèni Aku lan saoskurban obongan, kurban dhaharan lanngladosaké sesajèn."19Pangandikané Pangéran marang akumengkéné,20 "Aku wis gawé prejanjian karo rinalan karo wengi, supaya padha tekanetepi wayahé; prejanjian kuwi ora kenadibatalaké.21Mengkono uga prejanjian-Ku karoDawud, yèn bakal tansah ana turunésing dadi raja, lan karo para imam sakataleré Lèwi, yèn selawasé bakal ngladèniAku. Prejanjian-prejanjian mau ora kenadiblénjani.22Cacahé para turuné Dawud bakalDaktangkar-tangkaraké, semono ugacacahé para imam turuné Lèwi, ngantiora ana sing bisa ngétung, kaya wongiya ora bisa ngétung cacahé lintang inglangit lan wedhi ing segara."23Pangandikané Pangéran marang akumengkéné,

Page 897: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 33.24–34.2 16724 "Apa kowé nitèni kandhané wongyèn Israèl lan Yéhuda wis Daktampik,bangsa loro sing wis Dakpilih kuwi?Mulané umat-Ku padha dirèmèhaké lanora dianggep bangsa menèh.25Nanging Aku wis gawé prejanjiankaro rina lan wengi lan Aku wis netepaképrenatan sing ngawasaké langit lanbumi.26 Iya mengkono enggon-Ku mesthinetepi prejanjian-Ku karo anak-turunéYakub lan karo abdi-Ku Dawud. Akumesthi bakal milih turuné Dawud salahsiji dadi ratu, ngratoni tedhak-turunéAbraham, Iskak lan Yakub. Aku bakalmaringaké kamirahan marang umat-Kulan Dakparingi karaharjan menèh."

341Pangéran ngandika marangaku nalika Nebukadnésar, raja

ing Babil karo tentarané, sing kabantudéning tentarané bangsa-bangsa singngawula marang Nebukadnésar, laginyerang Yérusalèm lan kutha-kuthasakiwa-tengené.2Aku didhawuhi déning Pangéran,Allahé Israèl, supaya sowan Zedekia, rajaing Yéhuda. Mengkéné pangandikanéPangéran, "Aku, Pangéran, bakal

Page 898: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 34.3–7 168

ngulungaké kutha iki marang raja ingBabil, supaya diobong nganti tapis.3Kowé bakal ora bisa oncat, malahbakal dicekel lan kaulungaké ing tanganéNebukadnésar. Kowé bakal ketemuadu-arep lan sapocapan karo rajaBabil mau. Kowé nuli bakal kaboyongmenyang tanah Babil.4Zedekia, rungokna pangandika-Ku.Kowé bakal ora dipatèni ana ingpeprangan,5nanging bakal mati kalawan tentrem.Lan kaya déné para leluhurmu, pararaja sadurungé kowé, enggoné matipadha diurmati srana pangobongingdupa, mengkono uga kowé. Kowéuga bakal ditangisi karo padha muni,‘Adhuh, rajaku kokséda!’ Mengkonopangandikané Pangéran."6Wangsit mau nuli dakaturaké priksamarang Sang Prabu Zedekia ingYérusalèm.7Nalika semono raja Babil lagi nyerangkutha Yérusalèm. Wadyabala Babil mauuga nyerang Lakhis lan Azéka, merga ingantarané kutha-kutha ing Yéhuda, karikutha-kutha kuwi sing isih ana bètèngé.

Page 899: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 34.8–14 1698Sang Prabu Zedekia lan wong-wonging Yérusalèm padha setuju mbébasaké9para batur-tukon, lanang lan wadon,nganti ora ana wong Israèl sing duwébatur Ibrani menèh.10Wong kabèh lan para penggedhépadha sarujuk mbébasaké para batur-tukoné dadi wong merdika lan ora arepdianggep batur-tukon menèh.11Nanging bareng wis merdikakaképara batur-tukon mau, padha getun,mula batur-batur sing wis dimerdikakakémau dipeksa dadi batur menèh, lananglan wadon.12Aku banjur diutus déning Pangéran,Allahé Israèl, didhawuhi ngandhaniwong-wong kabèh mengkéné,13 "Aku, Pangéran wis gawé prejanjiankaro para leluhurmu, nalika padhaDakluwari saka tanah Mesir lanDakdadèkaké wong merdika. Paraleluhurmu padha Dakparingi prenatan14 supaya pendhak pitung taun padhamerdikakna batur-tukon Ibrani, singwis nem taun lawasé dadi batur-tukon.Nanging para leluhurmu padha ora gelemnggatèkaké, malah padha nyepèlèkaképangandika-Ku.

Page 900: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 34.15–18 17015Nanging sawetara dina kepungkurkowé padha salin gagasan sing gawérenaning penggalih-Ku. Kowé kabèhpadha sarujuk merdikakaké para batur-tukonmu bangsa Ibrani, lan padha gawéprejanjian ana ing ngarsa-Ku, yakuwiing Pedalemané Allah panggonanmumanembah marang Aku.16Nanging kowé wis salin gagasanmenèh lan nyenyamah marang Aku.Batur-tukon sing wis kokmerdikakaké,kokpeksa bali dadi batur-tukon menèh.17Srana mengkono kowé padha orambangun-turut marang Aku lan ora awèhkamardikan marang pepadhamu wongIsraèl. Ya wis becik. Yèn mengkono kowébakal Dakparingi kamardikan, yakuwikamardikan mati merga saka peranglan paceklik. Bangsa-bangsa ing bumibakal padha giris ndeleng penggawé-Kumarang kowé.18Para pegawé kedhaton ing Yéhudalan ing Yérusalèm, para imam lan parapengarepé umat padha gawé prejanjiankaro Aku srana mlaku ing antaranésigarané sapi lanang sing dibelah dadiloro. Nanging prejanjian mau padhadiblénjani, ora padha ditetepi. Mulané

Page 901: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 34.19–35.2 171

wong-wong kuwi bakal Dakgawé padhakaya penggawéné tumrap sapi lanangmau.19 (34:18)20Bakal padha Dakulungaké ingtangané para mungsuhé, sing kepénginbanget matèni wong-wong mau, sartajisimé bakal dadi pakané manuk-manuklan kéwan galak.21Semono uga Zedekia, raja ing Yéhudalan para pegawéné bakal Dakulungakéing tangané wong-wong sing padhangarah patiné. Bakal padha Dakulungakéing tangané tentara Babil, sing saiki lagingaso enggoné nempuh kutha iki.22Aku bakal paring dhawuh, supayatentara kuwi bali menèh lan nyerangkutha iki, nuli direbut lan diobongludhes. Kutha-kuthané Yéhuda bakalDakgawé dadi ara-ara samun, ngantiora ana wong sing gelem manggon ingkono."

351Nalika Yoyakim bin Yosiajumeneng raja ing Yéhuda,

Pangéran ngandika marang akumengkéné,2 "Maranana kulawangsané Rékhab,ajaken rembugan, banjur iriden menyang

Page 902: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 35.3–7 172

Pedalemané Allah, lebokna ing salahsijiné kamar kono lan wènèhana ngombéanggur."3Aku banjur ngirid kulawargané Rékhabkabèh — yakuwi Yaazanya bin Yérémia(liyané), bin Habzina sasedulur karoanak-anaké,4dakgawa menyang Pedalemané Allah.Banjur daklebokaké ing kamaré paramuridé Nabi Hanan bin Yigdalya. Kamariki ana ing sandhuwuré kamaré Maaséyabin Salum, pegawé Pedalemané Allahsing pangkaté dhuwur, ora adoh sakakamar-kamaré para pegawé liya-liyané.5Aku banjur ngesok anggur ana ingtuwung nganti kebak ing ngarepé kaumRékhab karo muni, "Kula aturi samingunjuk anggur menika."6Nanging wong-wong mau padhamangsuli, "Kula mboten sami ngombéanggur. Leluhur kula Yonadab bin Rékhabwantos-wantos dhateng kula sedaya,para turunipun, supados sampunngantos sami ngombé anggur menapakémawon.7Ugi dipun awisi ngedegaken utawinggarap pasitèn, sarta yasa kebonanggur, utawi tumbas. Kula sami

Page 903: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 35.8–12 173

kadhawuhan sajegipun manggèn wontening kémah, supados gesang kula samimanggèn ing tanah menika kados tiyangmanca.8Kula sami netepi menapa ingkangkadhawuhaken déning Yonadab. Kulasami mboten naté ngombé anggur,mekaten ugi sémah-sémah kula, paraanak kula jaler lan èstri.9Kula mboten sami yasa griya kanggémanggèn, kula sami manggèn ingkémah. Kula sami netepi kalayan setyaprekawis ingkang kadhawuhaken déningleluhur kula Yonadab.10 (35:9)11Nanging nalika Sang PrabuNebukadnésar mlebet ing negari kita,kula lajeng sami nyingkir mlebet ing kithaYérusalèm supados nebihi tentara Babillan Siria. Menika sebab-musababipunkula sami manggèn ing Yérusalèm."12Pangéran, Allah Kang Mahakwasa,Allahé Israèl banjur dhawuh marangaku supaya marani wong Yéhuda lanwong Yérusalèm, didhawuhi kandhamengkéné, "Aku Pangéran, mundhutpirsa marang kowé, apa sebabé kowé

Page 904: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 35.13–17 174

padha ora gelem ngrungokaké lan emohngèstokaké dhawuh-Ku.13 (35:12)14Para turuné Yonadab padhambangun-turut marang prenatan singora ngenakaké wong mau ngombéanggur, lan tekan sepréné wong-wongmau padha ora ngombé anggur. MangkaAku ora kèndel-kèndel ngandika marangkowé, éwasemono kowé ora padhagelem nurut karo Aku.15Aku ora kendhat-kendhat ngutusnabi-Ku, sing padha nuturi kowé supayapadha mari gawé dosa, lan padhanglakoni kang becik. Para nabi maupadha ngélingaké kowé supaya aja padhanyembah lan ngabekti marang allahliyané, mula bakal tetep pamanggonmuana ing tanah sing Dakparingaké marangpara leluhurmu. Nanging kowé padha oragelem ngrungokaké utawa nggatèkaképangandika-Ku.16Para turuné Yonadab padha nglakoniprenatané leluhuré, nanging kowé padhanglawan marang Aku.17Mulané Aku, Pangéran KangMahakwasa, Allahé Israèl bakalnekakaké kanggo — wong Yéhuda

Page 905: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 35.18–36.2 175

lan wong Yérusalèm — sakèhé bilaising wis Dakjanjèkaké. Kuwi mergakowé padha ora gelem nggugu marangpangandika-Ku lan kowé ora gelemmangsuli samasa Daktimbali."18Aku banjur nglantaraké marang kaumRékhab pangandikané Pangéran KangMahakwasa, Allahé Israèl, mengkéné,"Sarèhné kowé wis padha mbangun-turut marang préntahé leluhurmuYonadab, lan nglakoni sakèhé pituduhémarang kowé.19Mulané Aku, Pangéran KangMahakwasa, Allahé Israèl, janji yènturuné Yonadab bin Rékhab selawasébakal duwé turun lanang sing ngladèniAku."

361Nalika Yoyakim bin Yosiaenggoné jumeneng raja ing

Yéhuda nyandhak taun sing kapingpat, Pangéran ngandika marang akumengkéné,2 "Njupuka kertas gulungan lan tulisenana ing kono sakèhing pangandika singwis Dakwangsitaké marang kowé babIsraèl lan Yéhuda sarta para bangsakabèh. Tulisen sakèhing pangandika-Kuwiwit nalika Aku maringaké wangsit

Page 906: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 36.3–6 176

kawitan marang kowé, yakuwi nalikaYosia dadi raja, nganti tekan saiki.3Mbokmenawa wong Yéhuda krungubab sakèhé bebaya sing bakalDaktekakaké, banjur padha mratobatsaka kelakuané sing ala, mula Aku banjurngapura pialané lan dosa-dosané."4Aku banjur ngundang Barukh binNeria; banjur dakdhikté bab sakèhépangandika sing didhawuhaké déningAllah marang Aku. Barukh banjur nuliskabèh mau ana ing kertas gulungan.5Aku kandha karo Barukh mengkéné,"Aku saiki ora olèh mlebu ing PedalemanéAllah menèh.6Nanging aku kepéngin supaya kowésing mrana, yèn wong-wong mbeneripadha pasa. Sing koktulis ana ingkertas gulungan kuwi wacakna sing soramarang wong-wong sing padha anaing kono, supaya wong kabèh padhakrungu apa waé sing didhawuhakédéning Pangéran marang aku. Lansing wis dakkon nulisi kowé, kuwiwacakna marang sapa waé sing gelemngrungokaké, iya marang wong-wongsing padha teka saka kutha-kuthanéYéhuda.

Page 907: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 36.7–11 1777Mbokmenawa wong-wong banjurpadha gelem bali lan mratobatsaka penggawéné sing ala, mergaPangéran wis ngancam bakal nekakakébebaya sing nggegirisi banget marangwong-wong mau."8Barukh banjur maca pangandikanéAllah mau ana ing Pedalemané Allahcocog karo piwelingku marang dhèwèké.9 Ing sasi kaping sanga, taun kapinglimané Yoyakim jumeneng raja ingYéhuda, wong-wong padha pasa, supayaolèh berkahé Pangéran. Wong sing padhamanggon ing Yérusalèm, mengkono ugasing padha teka saka kutha-kuthanéYéhuda, kabèh padha nglakoni pasa.10Wong mau kabèh padha ngrungokakéBarukh sing maca saka kertas gulungan,sakèhé tembungku sing ditulis dhèwèké.Enggoné maca mau ana ing PedalemanéAllah, ing kamaré Gemarya anakésèkretaris Safan. Kamar mau ana ingplataran ndhuwur, cedhak karo GapuraAnyar.11Mikhaya bin Gemarya bin Safankrungu pemacané Barukh saka kitabgulungan mau, bab sakèhé dhawuh singdingandikakaké déning Pangéran.

Page 908: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 36.12–16 17812Mikhaya banjur menyang kedhaton,menyang kamaré sèkretaris kraton.Para pegawé lagi padha ngumpul anaing kono. Èlisama, sèkretarisé kraton,Délaya bin Semaya, Èlnatan bin Akhbor,Gemarya bin Safan, Zedekia bin Hananyalan para pegawé liyané mbeneri ana ingkono kabèh.13Mikhaya banjur ngaturi pirsa marangpara penggedhé mau sakèhé pangandikasing dirungu, nalika Barukh macakakékitab gulungan mau marang wong akèh.14Para penggedhé mau banjur utusanYehudi bin Nétanya, bin Selèmya, binKusy, nimbali Barukh didhawuhi nggawakitab gulungan sing diwacakaké marangwong akèh.15Banjur padha ngandika marangBarukh, "Mangga kula aturi lenggah,sarta maosaken kitab menika kanggékula sedaya." Barukh banjur njupukkitabé gulungan.16Bareng olèhé maca wis rampung parapenggedhé mau padha kagèt banget,nuli kandha siji karo sijiné, "Kita kedahénggal-énggal ngaturaken sakathahingpangandika menika dhateng SangPrabu."

Page 909: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 36.17–22 17917Banjur padha ndangu marang Barukh,"Kadospundi caranipun panjenenganngantos saged nyerat prekawis menikasedaya? Menapa panjenengan dipundhikté déning Yérémia?"18Wangsulané Barukh, "Inggih, NabiYérémia ndhikté kula, lajeng kula seratmawi mangsi ing kertas gulunganmenika."19Para penggedhé banjur padhangandika mengkéné, "Panjenenganlan Nabi Yérémia kedah sami ndheliksampun ngantos kasumerepan sintenakémawon."20Para penggedhé banjur padhanyinggahaké kitab gulungan mau anaing kamaré Èlisama, sèkretaris kraton,banjur padha sowan Sang Prabu,nglapuraké kedadéan mau kabèh.21Sang Prabu banjur ngutus Yehudinjupuk kitabé gulungan. Kitab maubanjur dijupuk saka kamaré Èlisama,sarta diwacakaké marang Sang Prabulan para penggedhé sing padha ngadeging sacedhaké.22Nalika semono mangsa bedhidhing,mula Sang Prabu lenggah ana ing

Page 910: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 36.23–27 180

pasanggrahan ing mangsa bedhidhing,cedhak karo prapèn murub.23Yehudi enggoné maca lagi entèktelu patang kaca, bareng SangPrabu mundhut sing wis kawacamau, nuli disuwèk nganggo péso landicemplungaké ing geni. Mengkonosaterusé nganti kitab gulungan mauentèk kobong kabèh.24Sang Prabu sarta para pegawé singpadha krungu pangandikané Pangéranmau ora ana sing katon wedi utawasedhih.25Senajan Èlnatan, Délaya lan Gemaryanyuwun supaya Sang Prabu aja ngobongkitab mau, nanging panjenengané oramaèlu.26Malah dhawuh marang PangéranYerahméèl lan Seraya bin Azrièl sartaSelèmya bin Abdéèl supaya nyekel akulan Barukh sèkretarisku. Nanging akudiumpetaké déning Pangéran.27Sawisé Raja Yoyakim ngobong kitabgulungan sing didhiktèkaké marangBarukh, Pangéran ngandika marangaku, supaya njupuk kertas gulungan lannulis menèh sakèhé pangandika sing

Page 911: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 36.28–32 181

wis katulis ana ing kitab gulungan singkapisan.28 (36:27)29Aku didhawuhi matur marang SangPrabu mengkéné, "Kitab gulungan wiskokobong lan kowé wis takon marangYérémia apa sebabé nulis, yèn rajaing Babil bakal teka lan nggempurtanah kéné sarta matèni wong-wongésakéwan-kéwané pisan?30Saiki Aku ngandika marang kowé,Raja Yoyakim, ora ana turunmu singbakal dadi raja ana ing kratoné Dawud.Jisimmu bakal dibuwang ing njaba,temah yèn awan kepanasen lan yènbengi kadhemen merga kena ing ebun.31Kowé bakal Dakukum, mengkonouga anak-turunmu lan para pegawémumerga saka sakèhé piala sing padhadilakoni. Kowé lan wong-wong ingYérusalèm apa déné wong Yéhuda padhaora nggatèkaké marang piweling-Ku,mulané Aku bakal nekakaké sakèhébebaya sing wis Dakgawé ngancammarang kowé."32Aku banjur njupuk kertas gulunganmenèh, dakwènèhaké marang Barukh,sèkretarisku. Barukh banjur nulis kabèh

Page 912: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 37.1–7 182

sing wis dakwedharaké. Apa sing kaemotana ing kitab gulungan kapisan dituliskabèh, semono uga sakèhé bab singdakdhiktèkaké.

371Zedekia bin Yosia diangkatdéning Sang Prabu Nebukadnésar

dadi raja nggentèni Yoyakhin binYoyakim.2Nanging Zedekia lan para pegawénésarta rakyaté ora nggatèkaké marangpangandika sing kaparingaké déningPangéran.3 Ing sawijining dina Sang PrabuZedekia utusan Yukhal bin Selèmya lanImam Zéfanya bin Maaséya nemoniaku kanthi pamundhut supaya akundongakaké bangsa Yéhuda lan Israèlana ing ngarsané Pangéran.4Aku nalika semono durung ditahan lanisih srawung bébas karo rakyat.5Tentara Babil lagi ngepung kuthaYérusalèm, nanging bareng krungu yèntentara Mesir wis tekan tapel watesétanah Mesir, banjur padha mundur.6Pangéran, Allahé Israèl, ngandikamarang aku,7 supaya aku matur marang RajaZedekia mengkéné, "Tentara Mesir wis

Page 913: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 37.8–13 183

budhal arep mitulungi kowé, nangingbakal padha bali menèh.8Wong Babil padha bali mréné menèh,nyerang lan ngrebut kutha iki. Kutha ikibakal diobong nganti entèk.9Aku, Pangéran, nuturi kowé supayaaja ngapusi awakmu dhéwé karo muni,yèn wong Babil ora bakal bali mrénémenèh, sebab wong Babil bakal balimréné temenan.10Senajan ta kowé bisa ngalahakétentara Babil kabèh, nganti sing isihmung kari wong-wong sing padhaketaton, lan padha gumléthak ana ingkémahé, éwasemono wong-wong maubakal padha tangi lan ngobong kutha ikinganti entèk babar-pisan."11Tentara Babil mundur sakaYérusalèm, merga tentara Mesir wiscedhak.12Mulané aku arep lunga ninggalYérusalèm menyang wilayah Bènyaminprelu ngurus bagéanku sing didhakudéning keluargaku.13Nanging bareng aku tekan GapuraÉfraim, ana perwira sing jaga kono,jenengé Yeria bin Selèmya bin Hananya,

Page 914: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 37.14–18 184

ngendheg aku karo muni, "Kowé arepkianat, ngéloni wong Babil!"14Aku mangsuli, "Ora mengkono!Aku ora arep kianat." Nanging Yeriaora nggugu kandhaku. Aku dicekel landipasrahaké marang para penggedhé.15Para penggedhé mau padha nepsubanget karo aku lan awèh préntahsupaya aku digebugi lan dilebokaké ingtahanan, ing omahé Yonatan, sèkretarisékedhaton, sing omahé didadèkaképakunjaran.16Aku dilebokaké kamar ing njerolemah nganti wetara suwé.17 Ing sawijining dina Sang Prabuutusan marani aku. Ana ing kedhaton akudidangu kalawan sesidheman, "Pangéranmenapa paring wangsit dhatengpanjenengan?" Atur wangsulanku,"Kasinggihan, mila wonten! Panjenenganbadhé kaulungaken dhateng astanipunraja ing Babil."18Aku banjur nyuwun pirsagentèn, "Dosa kula menapa dhatengpanjenengan, dhateng para pegawé landhateng rakyat, déné kula panjenenganlebetaken ing pakunjaran?

Page 915: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 37.19–38.2 18519Wonten pundi para nabi panjenenganingkang sampun ngramal bilih raja Babilmboten badhé nempuh perang nglawanpanjenengan lan tanah ngriki?20Lah, Sang Prabu, samenikapanjenengan kula aturi miyarsakakenlan kersaa ndhahar atur kula. Kulamugi sampun kawangsulaken malih ingpakunjaran, ing griyanipun Yonatan,sebab menawi mekaten kula mesthibadhé pejah wonten ing ngriku."21Raja Zedekia banjur dhawuh supayaaku dilebokaké ing kamar tahanankedhaton. Aku banjur ditahan ana ingkono, lan saben dina diwènèhi roti sijiwutuh gawéané tukang roti, ngantisaentèké roti ing kutha kono.

381Séfaca bin Mattan, Gedalya binPasyhur, Yukhal bin Malkia padha

krungu pangandikané Pangéran singdakkandhakaké marang wong akèh,mengkéné,2 "Sing sapa tetep manggon ingkutha kéné bakal mati ing peprangan,merga saka paceklik utawa pageblug.Nanging sing sapa metu saka kutha lanmasrahaké awaké marang wong Babil

Page 916: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 38.3–6 186

bakal ora dipatèni. Saora-orané wongkuwi bakal bisa oncat lan slamet."3Aku iya ngandhakaké wangsitéPangéran marang aku, mengkéné,"Kutha iki bakal Dakulungaké ingtangané wong Babil, lan bakal direbut."4Aku banjur dicekel déning parapegawé lan diladèkaké Sang Prabu,aturé, "Tiyang menika kedah kaukumpejah. Sebab mungel ingkang kadosmekaten, para serdhadhu ing kithamenika badhé kécalan semangat.Piyambakipun inggih mungel ingkangkados mekaten wau dhateng sabentiyang ingkang taksih manggèn ing kithamenika. Piyambakipun mboten sukapitulung dhateng tiyang-tiyang, nangingmalah damel cilakanipun."5Wangsulané Raja Zedekia, "Ya wisbecik, lakonana sing dadi karepmu. Akuora bisa menggak."6Aku banjur digawa menyang sumurépangéran Malkia, sing papané ana ingplataran kedhaton. Aku dilebokaké ingsumur, dikèrèk nganggo dhadhung.Sumuré asat, mung ana endhuté. Dadiaku ambles ana ing endhut mau.

Page 917: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 38.7–12 1877Èbèd-Mèlèkh, wong Sudan, abdinéSang Prabu sing nyambut-gawé anaing keputrèn ing kraton kono, krunguyèn aku dilebokaké ing sumur. Nalikasemono Sang Prabu nampi wong singpadha séba ana ing Gapura Bènyamin.8Èbèd-Mèlèkh banjur mrono, aturémarang raja,9 "Pendamelipun tiyang-tiyang dhatengYérémia menika mboten leres.Piyambakipun dipun lebetaken ingsumur lan mesthi badhé pejah kaliren,margi ing kitha sampun mboten wontentetedhan babar-pisan."10Sang Prabu banjur dhawuh marangÈbèd-Mèlèkh supaya ngajak wong telungangkat aku saka njeroning sumur,sadurungé aku mati.11Èbèd-Mèlèkh banjur mangkat karowong telu menyang gudhangé kedhaton,njupuk sandhangan amoh, diedhunakénganggo tali.12Èbèd-Mèlèkh mbengoki aku; akudikon ndèkèkaké gombalan mau ingngisoré cangklakanku, supaya taliné oranatoni aku. Aku iya manut,

Page 918: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 38.13–17 18813nuli dikèrèk déning wong-wong maumetu saka sumur. Sawisé mengkono akubanjur ditahan ana ing plataran.14Liya dina menèh aku disowanakémarang Sang Prabu ana ing PedalemanéAllah, ing gapura katelu. Sang Prabungandika mengkéné, "Kula badhényuwun pirsa dhateng panjenengan babsetunggaling prekawis, lan kula suwunpanjenengan ngandika kalayan blaka."15Aturku, "Menawi kula matur blaka,kula mesthi Panjenengan pejahi,lan menawi kula aturi pamrayogi,Panjenengan mesthi mboten kersamenggalih."16Sang Prabu janji kanthi dhedhemitanmengkéné, "Demi Allah ingkang gesang,ingkang paring gesang dhateng kulasedaya, kula mboten badhé mejahipanjenengan utawi ngulungaken ingtanganipun tiyang ingkang ngangkahmejahi panjenengan."17Aku banjur matur marang Sang Prabumenawa Pangéran Kang Mahakwasa,Allahé Israèl ngandika mengkéné,"Menawa kowé masrahaké uripmumarang para perwirané raja ing Babilkowé bakal diéman lan ora dipatèni,

Page 919: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 38.18–21 189

nanging kutha iki bakal diobong ngantiludhes. Kowé lan kulawargamu bakaldiuripi.18Nanging yèn kowé ora teluk, kuthaiki bakal kaulungaké ing tangané Babil,lan kaobong, sarta kowé bakal ora bisaoncat."19Nanging Sang Prabu ngandikamengkéné, "Nanging kula ajrih dhatengsesami kula tiyang Israèl, ingkangsampun sami mlémbar dhateng tiyangBabil. Saged ugi kula dipun ulungakendhateng piyambakipun, lajeng dipunsiksa."20Aku matur mengkéné, "Panjenenganmboten badhé kaulungaken dhatengtiyang-tiyang menika. Kula nyuwunkanthi sanget, Panjenenganmugi mbangun-turuta dhatengpangandikanipun Pangéran, murihsamukawis prekawis badhé dadossaé, lan Panjenengan badhé lestantunsugeng.21Nanging Pangéran sampun paringtetingalan dhateng kula, menapaingkang badhé kelampahan menawiPanjenengan mboten kersa teluk.

Page 920: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 38.22–25 19022 Ing tetingalan wau kula sumereptiyang-tiyang èstri ingkang kantunwonten ing kedhatonipun Yéhuda dipunirid medal dhateng raja Babil lan paraperwiranipun. Kula aturi mirengakenmenapa ingkang dipun ucapaken déningtiyang-tiyang èstri wau, ‘Sang Prabuwis dikianati déning para mitrané,Panjenengané wis dikalahaké. Lanbareng Panjenengané keblebek ingendhut, para mitrané padha ninggalPanjenengané.’"23Aku nambahi, "Sedaya garwa lanputra Panjenengan badhé kairid medaldéning tiyang Babil, lan Panjenenganpiyambak mboten badhé saged oncat.Panjenengan lajeng badhé dipun tawandéning raja ing Babil, lan kitha menikabadhé kabesmi telas."24Raja Zedekia mangsuli, "Sampunngantos wonten tiyang ingkang ngertosenggèn kita rembagan menika, supadospanjenengan mboten pejah.25Menawi para punggawa ngertosbilih kula sampun rembagan kaliyanPanjenengan, temtu sami badhé takèndhateng Panjenengan menapa ingkangkula rembag kaliyan Panjenengan.

Page 921: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 38.26–39.2 191

Mesthi badhé sami janji mbotenbadhé mejahi Panjenengan, menawiPanjenengan nyriyosaken bab waudhateng piyambakipun.26Panjenengan sanjang kémawon, bilihPanjenengan nyuwun dhateng kula,murih mboten kawangsulaken dhatengpakunjaran malih lan pejah wonten ingngriku."27Para penggedhé pancèn banjur padhamarani aku lan takon. Aku mangsuli plekkaya sing dingandikakaké déning SangPrabu marang aku. Para penggedhé mauora bisa kandha apa-apa, sebab ora anawong sing neksèni pirembugané SangPrabu karo aku.28Aku tetep ditahan ana ing platarankedhaton, nganti dinané Yérusalèmkarebut déning mungsuh.

391 Ing sasi kasepuluh, taun kapingsangané Zedekia jumeneng raja

ing Yéhuda, Nebukadnésar raja ingBabil lan tentarané ngebyuk nyerangYérusalèm.2 Ing dina kaping sanga, sasi kapingpat, taun kaping sewelasé Zedekiajumeneng raja, bètèngé Yérusalèmbedhah.

Page 922: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 39.3–6 1923 (Nalika Yérusalèm karebut déningmungsuh, para perwirané raja Babilmlebu kutha lan padha mapan ana ingGapura Tengah. Yakuwi Nergal Sarèzèr,Samgar Nebo, Sarsekhim, semono ugapara penggedhé liyané.)4Bareng Raja Zedekia pirsa kuwi maukabèh banjur nedya lolos ninggal kuthaing wayah bengi, kadhèrèkaké déningtentarané. Tindaké miyos ing dalansing ana ing satengahé petamananingkedhaton, bablas menyang gapura,tempuké bètèng loro; saka kono banjurtindak ngener Lebak Yardèn.5Nanging tentara Babil terus ngoyaklan Zedekia kacepeng ana ing sacedhakétanah ngaré Yérikho, banjur kasowanakéSang Prabu Nebukadnésar. Nalikasemono raja Babil mau lagi ana ingkutha Riblah, ing wilayah Hamat. Ana ingkana Raja Zedekia diadili lan didhawahipaukuman déning Nebukadnésar.6Ya ana ing Riblah kono putra-putranédisembelèh ana ing ngarepé Zedekia.Mengkono uga para penggedhénéYéhuda padha disembelèh kabèh.

Page 923: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 39.7–13 1937Sawisé mengkono Zedekia banjurdicukil paningalé lan astané diranté,diirid menyang Babil.8Bareng karo kuwi tentara Babilngobong kedhaton, omah-omahé rakyatlan njugrugaké bètèngé kutha Yérusalèm9Wekasané Nebuzaradan, sénapatinétentara Babil, banjur préntah ngiridrakyat sing isih kari ana ing kuthakaboyong menyang Babil, dadi tawanan,bebarengan karo wong-wong Israèlsing padha mbangkang apa déné singmlémbar marang Babil.10Sapéranganing rakyat sing miskinbanget ditinggal ana ing Yéhuda déningNebuzaradan. Wong-wong sing padhaora duwé palemahan mau padhadiwènèhi kebon anggur lan lemahgarapan.11Raja Nebukadnésar dhawuh marangNebuzaradan, sénapatiné tentaramengkéné,12 "Golèkana Nabi Yérémia, tumindakmusing becik. Aja kokpilara lan turutanasapenjaluké."13Nebuzaradan bebarengan karo parapenggedhé sing dhuwur pangkaté,

Page 924: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 39.14–40.1 194

yakuwi Nebusasban, Nergal Sarèzèr lanpenggedhé Babil liya-liyané,14padha methuk aku ana ing platarankedhaton. Aku dipasrahaké marangGedalya bin Safan supaya aku diterakémenyang omahku kanthi slamet.Mengkono dadiné aku bali manggon anaing satengahé rakyat menèh.15Nalika aku isih ditahan ana ingplataran kedhaton, Pangéran ngandikamarang aku mengkéné,16 "Èbèd-Mèlèkh, wong Sudan kuwikandhanana yèn Pangéran KangMahakwasa, Allahé Israèl, wis janjimengkéné, ‘Dhèk biyèn Aku wisngandika, yèn Aku bakal nekakaképaukuman marang kutha iki, dudukaraharjan. Samasa kelakon kowé bakalnyipati dhéwé.17Nanging kowé bakal Dakreksa, mulakowé ora bakal kaulungaké ing tanganéwong sing kokwedèni.18Kowé bakal slamet lan ora dipatèni.Kowé bakal oncat lan lestari urip, mergakowé precaya marang Aku!’" Mengkonopangandikané Pangéran.

401Sawisé aku diluwari déningkomandhan Nebuzaradan ana ing

Page 925: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 40.2–4 195

Rama, Pangéran ngandika marang aku.Enggonku digawa tekan Rama kuwi karodiranté, bebarengan karo wong-wongliyané saka Yérusalèm lan saka Yéhuda,sing kaboyong dadi wong tawananmenyang tanah Babil.2Komandhané serdhadhu sing ngawalrombongan mau kandha karo akumengkéné, "Pangéran Allah sampéyansampun ngancam badhé ndhatengakenbebaya dhateng tanah menika.3Lan samenika sampun èstukelampahan menapa ingkang dipunngandikakaken. Menika sedaya margibangsa sampéyan sampun dameldosa dhateng Pangéran sarta nglawanPanjenenganipun.4Samenika ranté sampéyan badhékula uculi lan sampéyan kula luwari.Menawi sampéyan kepéngin tumutdhateng Babil kaliyan kula inggihkénging. Sampéyan badhé kula rimati.Nanging menawi sampéyan mbotenkepéngin tumut, inggih mboten menapa-menapa. Sampéyan kénging milih badhémanggèn ing pundi kémawon ing negarimenika, utawi badhé késah dhateng

Page 926: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 40.5–8 196

pundi kémawon ingkang sampéyankajengaken."5Bareng aku ora mangsuli, komandhanNebuzaradan mau banjur kandha,"Prayogi sampéyan wangsul kémawondhateng griyanipun Gedalya bin Ahikambin Safan, ingkang sampun kaangkatdéning raja ing Babil dados gubernurkanggé daérah Yéhuda. Sampéyansaged manggèn kaliyan Gedalya, ingsatengahipun rakyat, utawi késahdhateng panggènan sanès ingkangsampéyan anggep saé lan leres." Akubanjur disangoni pangan karo presèn,lan dikon lunga sekarepku.6Aku nuli manggon ing omahé Gedalya,ing Mizpa, ana ing satengahé rakyat,sing kari ana ing tanah kono.7Ora kabèh perwira lan prejurit Yéhudapasrah karo raja ing Babil. Wong-wongmau krungu yèn raja Babil ngangkatGedalya dadi gubernur ing Yéhuda,ditugasaké ngawat-awati wong-wongsing ora katut kaboyong menyang Babil,yakuwi wong-wong sing miskin dhéwéing satanah kono.8 Ismaèl bin Netanya, Yohanan binKeréa, Seraya bin Takhumèt, anak-anaké

Page 927: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 40.9–12 197

Safai, wong Netofa, lan Yézanya anaképriyayi ing Maaka padha nemoni Gedalyaing Mizpa didhèrèkaké tentarané.9Gubernur Gedalya nuturi wong-wongmau mengkéné, "Yèn kowé pasrah karowong Babil, aku tanggung, kowé orasusah kuwatir. Manggona ing tanahkéné, ngawulaa marang raja Babil, lankowé bakal slamet.10Aku dhéwé tetep manggon ingMizpa, makili kowé kabèh, menawawong Babil padha teka mréné. Kowékena ngumpulaké anggur, woh-wohan,lenga zaitun, lan kena koksimpen, sartamanggon ing désa sing koksenengi."11Wong-wong Israèl sing manggoning Moab, ing Amon, ing Édom laning tanah-tanah liyané padha krunguyèn raja Babil ngidinaké wong Israèlsawetara manggon ing Yéhuda lan wisngangkat Gedalya dadi gubernur.12Wong-wong mau banjur padhaninggal tanah sing dipondhoki lanpadha bali menyang Yéhuda, sartanemoni Gedalya ing Mizpa. Ana ing konowong-wong mau padha nglumpukakéwoh anggur nganti olèh akèh banget.

Page 928: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 40.13–41.1 19813Sawisé mengkono Yohanan lanpara komandhané prejurit-prejurit singpadha tundhuk karo Babil, padha nekaniGedalya ing Mizpa,14karo kandha mengkéné, "MenapaPanjenengan mboten pirsa bilih RajaBaalis ing Amon sampun ngutus Ismaèlmejahi Panjenengan?" Nanging Gedalyaora ngandel.15Yohanan banjur matur dhèwèkanmarang Gedalya mengkéné, "Kula badhémejahi Ismaèl, mboten badhé konangansinten-sintena. Kénging menapa tiyangmenika dipun parengaken mejahiPanjenengan. Menika namung badhénjalari tiyang Yahudi ingkang samingempal kaliyan Panjenengan ingngriki kabuyaraken, lan menika badhéndhatengaken paukuman kanggé sedayatiyang ingkang kantun ing Yéhudangriki."16Nanging Gedalya mangsuli, "Ismaèlsampun ngantos sampéyan pejahi, awitmenapa ingkang sampéyan sanjangakenbab Ismaèl menika mboten leres!"

411 Ing sasi kapitu taun kuwi Ismaèlbin Nétanya bin Èlisama, krabaté

Sang Prabu lan perwirané Sang Prabu

Page 929: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 41.2–7 199

sing dhuwur pangkaté, lunga menyangMizpa nemoni Gedalya, nggawa balawong sepuluh.2Nalika lagi padha mangan bebarengan,Ismaèl lan balané sepuluh ngunuspedhangé lan matèni Gedalya.3 Ismaèl iya matèni wong Israèl kabèhsing padha mèlu Gedalya ana ing Mizpa,mengkono uga para serdhadhu Babil,sing pinuju ana ing kono.4Ésuké sadurungé ana wong singmeruhi patiné Gedalya,5ana wong wolung puluh tekasaka Sikèm, Silo lan Samaria. Wongmau padha cukur jénggot, nganggosandhangan rowak-rawèk lan awakékebak tatu, merga ditatoni dhéwé.Wong-wong mau padha nggawa gandumlan menyan arep dienggo kurban ana ingPedalemané Allah.6 Ismaèl metu saka Mizpa methukakéwong-wong mau karo nangis. Barengketemu karo wong-wong mau Ismaèlkandha mengkéné, "Kula aturi sowanmanggihi Gedalya."7Nanging bareng wong-wong mau wismlebu ing kutha, banjur dipatèni déning

Page 930: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 41.8–11 200

Ismaèl lan balané. Jisimé wong-wongmau dicemplungaké ing sumur.8 Ing rombongané wong-wong mauana sepuluh sing kandha karo Ismaèlmengkéné, "Kula sampun sampéyanpejahi. Kula gadhah tandhon tetedhaningkang kula dhelikaken wonten ingsabin, rupi gandum, sair, lisah zaituntuwin maben." Wong-wong mau ora sidadipatèni.9Sumur panggonané Ismaèl mbuwangjisim-jisimé wong sing padha dipatènimau gedhé, yasané Sang Prabu Asanalika diserang déning Baésa, raja ingIsraèl. Sumur mau dikebaki Ismaèlnganggo jisimé wong-wong singdipatèni.10 Ismaèl iya banjur nyekel para putra-putriné Sang Prabu lan wong liya-liyanésing ana ing Mizpa. Wong-wong maudipasrahaké Nebuzaradan marangpangreksané Gedalya. Wong kabèh maubanjur ditawan déning Ismaèl lan digawalunga menyang daérahé wong Amon.11Yohanan anaké Karéah lan paraperwirané padha krungu bab pokaléIsmaèl.

Page 931: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 41.12–18 20112Banjur padha nglumpukaké balanéngoyak Ismaèl bin Nétanya. Ketututanana ing sendhang sacedhaké Gibéon.13Bareng wong-wong sing ditawanIsmaèl weruh Yohanan lan balané padhabungah banget.14Banjur padha mbalik mèlu Yohanansabalané.15Nanging Ismaèl lan balané wolupadha bisa oncat lan mlayu menyangAmon.16Yohanan lan para perwiraningtentarané banjur mimpin wong-wongsing diboyong déning Ismaèl. Wong-wong sing ditawan déning Ismaèl anaing Mizpa sawisé Ismaèl matèni Gedalyayakuwi: serdhadhu, wong wadon, bocahlan wong kebirèn.17Wong-wong mau padha wedi karowong Babil merga Ismaèl wis matèniGedalya, sing didadèkaké gubernurdéning raja ing Babil. Mulané wong-wongmau padha arep terus lunga menyangMesir, kanggo nyingkiri wong Babil. Anaing dalan padha ngaso ing Kimham,sacedhaké Bètléhèm.18 (41:17)

Page 932: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 42.1–5 202

421Para perwiraning tentara, klebuuga Yohanan bin Karéah lan

Azarya bin Hosaya sarta rakyat kabèhpadha teka marani aku,2 tembungé, "Panyuwun kula mugisampéyan turuti! Kula nyuwunpanjenengan dongakaken dhatengPangéran Allah kita, inggih kula sedayaingkang taksih kantun menika. Rumiyincacah kula kathah, nanging samenikakantun sekedhik, kados ingkang sagedpanjenengan pirsani menika.3Kula aturi nyuwunaken dhatengPangéran Allah kita nedahaken margiingkang kedah kula ambah, lan menapaingkang prelu sami kula lampahi!"4Aku mangsuli, "Ya, becik. Aku arepndedonga marang Pangéran Allah kita,kaya penjalukmu. Lan apa waé singdingandikakaké, bakal dakkandhakakémarang kowé. Aku ora arep ngurangisenajan mung satembung waé."5Banjur padha kandha mengkéné,"Mugi Pangéran dadosa seksi ingkangsetya tuhu lan kénging dipun pitadosmenawia kula mboten ngèstokakensedaya pangandikanipun Pangéran, Allahkita.

Page 933: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 42.6–13 2036Mbingahaken menapa mbotenkanggénipun kula, kula sami badhéngèstokaken Pangéran Allah kita,ingkang panjenengan suwuni pitedahkanthi pandonga."7Let sepuluh dina Pangéran ngandikamarang aku.8Aku banjur nglumpukaké Yohanan,para perwirané tentara lan wongliya-liyané kabèh.9Kandhaku mengkéné, "Pangéran,Allahé Israèl, sing daksowani mergasaka penjalukmu ngandika mengkénémarang aku,10 ‘Yèn kowé gelem tetep manggon ingtanah kéné, kowé bakal Dakbangun lanora Dakbubrah. Aku keduwung déné wisnekakaké paukuman marang kowé.’11Aja padha wedi menèh marang rajaing Babil. Aku nunggal karo kowé, lanAku bakal ngluwari kowé saka tangané.12Merga Aku iki mahawelas, mulanébakal gawé supaya wong mau melasikowé, lan marengaké kowé bali manggonana ing tanahmu menèh. Mengkonopangandikané Pangéran."13Nanging kowé wong-wong singpadha kari ana ing Yéhuda, kudu padha

Page 934: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 42.14–18 204

mbangun-turut marang Pangéran,Allahmu lan aja wegah manggon ingtanah kéné. Kowé ora kena muni,"Mboten, kula badhé manggèn wontening tanah Mesir kémawon, awit ingngrika kula badhé mboten ngalamiperang malih lan mireng sabawaningperang utawi kekirangan tedha." Yènkowé muni mengkono, Pangéran KangMahakwasa, Allahé Israèl ngandika,"Yèn kowé kenceng arep menyang tanahMesir lan manggon ana ing kana,14 (42:13)15 (42:13)16perang sing kokwedèni kuwi bakalnututi kowé mrana, lan kekuranganpangan sing gawé girismu bakalngetutaké lakumu, nganti kowé bakalmati ana ing tanah Mesir.17Kabèh wong sing kenceng arep lungamenyang tanah Mesir lan manggon anaing kana bakal mati merga perang,kaliren utawa pageblug. Ora ana singbakal isih urip. Ora ana sing bakal bisangoncati bebaya sing bakal Daktekakakémarang wong-wong kuwi.18Pangéran Allahé Israèl ngandika,‘Duka-Ku sing mulad-mulad sing

Page 935: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 42.19–22 205

Daktekakaké marang wong-wongYérusalèm iya kuwi sing bakalDakesokaké marang kowé yèn kowépadha lunga menyang tanah Mesir. Kowébakal dadi sesawangan sing nggegirisi.Kowé bakal disepèlèkaké lan dipoyokiing wong lan jenengmu bakal dienggongipat-ipati. Kowé bakal ora ndelengpanggonan iki menèh.’"19Banjur dakterusaké, "Pangéranngandika marang kowé, kekarènéwong-wong sing isih ana ing Yéhudasupaya aja padha lunga menyang tanahMesir. Aku ngélingaké kowé sepisanmenèh,20poma aja salah tindakmu ngantikowé nemu cilaka. Kowé wis njaluk akundongakaké kowé marang PangéranAllah kita lan kowé wis janji arepngèstokaké dhawuhé.21Mangka bareng saiki kowédakkandhani dhawuhé Pangéran, kowénampik sakèhé dhawuh sing diparingakédéning Pangéran marang kowé lantaranaku.22Yèn mengkono, titènana: kowébakal mati merga déning perang, utawa

Page 936: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 43.1–5 206

paceklik utawa pageblug ing tanah singarep kokparani."

431Rampung enggonku ngandhaniwong-wong mau bab dhawuhé

Pangéran, Allahé, lantaran aku,2Azarya bin Hosaya lan Yohanan binKaréah sarta wong-wong liyané singpadha gemunggung marani aku karokandha, "Pangandika panjenenganmenika goroh! Pangéran Allah kitamboten dhawuh dhateng panjenengannyriyosi kula, bilih kula mboten angsalkésah dhateng tanah Mesir.3Nanging Barukh bin Neria menikaingkang ngojok-ojoki panjenengannglawan dhateng kula, supados tiyangBabil saged njajah kula malih, malahsageda mejahi kula lan mbekta kuladados tawanan dhateng Babil."4Mengkono dadiné Yohanan, paraperwirané tentara sarta wong-wong liyané kabèh padha nampikpangandikané Pangéran, sing dhawuhsupaya padha tetep manggon ana ingtanah Yéhuda.5Kabèh wong sing isih kari ana ingYéhuda, mengkono uga wong-wong sing

Page 937: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 43.6–10 207

padha bali saka pembuwangan ing tanahmanca.6Wong lanang-wadon, bocah lanputri-putri putrané Sang Prabu, banjurdigawa déning Yohanan lan para perwiramenyang tanah Mesir. Kabèh wong singbiyèn dipasrahaké déning Nebuzaradan,panglimané tentara Babil, marangGedalya, klebu uga Barukh lan akupadha katut kaboyong.7Mengkono enggoné padha nglawanmarang dhawuhé Pangéran sarta budhalmenyang tanah Mesir, menyang kuthasing karan Takhpanhès.8 Ing kutha kono Pangéran ngandikamarang aku mengkéné,9 "Njupuka watu gedhé sawetara,pendhemen ana ing sangarepé gedhongpemeréntah, banjur lépanen lan wongIsraèl sawetara jaken neksèni singkoktindakaké kuwi.10Kandhanana yèn Aku, Pangéran KangMahakwasa, Allahé Israèl, bakal ngutusabdi-Ku Nebukadnésar saka tanah Babilmréné; wong mau bakal mapanakédhamparé ing sandhuwuré watu-watusing kokpendhem mau lan masangkémahé keprabon ana ing kono.

Page 938: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 43.11–44.1 20811Nebukadnésar bakal teka lannelukaké Mesir. Wong sing pinesthimati merga déning pageblug bakalmati merga pageblug. Wong singpinesthi ditawan bakal digawa lungadadi tawanan lan sing sapa pinesthi matiana ing peprangan bakal mati ana ingpeprangan.12Aku bakal nekakaké geni singngobong kuil-kuilé para allahé wongMesir lan rajané wong Babil bakalngobong allah-allah mau utawa diboyongsaka kono. Kaya déné pangon singmétani sandhangané supaya resikora ana tumané, mengkono uga RajaNebukadnésar bakal ngresiki tanahMesir, banjur lunga menèh lan menang.13Wong mau bakal ngrusak tugu-tuguwatu sesembahané wong Mesir sing anaing Héliopolis lan ngobong kuil-kuilé paraallahé wong Mesir."

441Pangéran ngandika marangaku bab wong Israèl sing padha

manggon ing tanah Mesir, ing kutha-kutha Migdol, Takhpanhès, ing Mèmfislan ing tanah Patros, yakuwi tanah Mesirsisih Kidul;

Page 939: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 44.2–6 2092dhawuhé Pangéran Kang MahakwasaAllahé Israèl mengkéné, "Kowé wispadha nyipati dhéwé sakèhé bebaya singDakdhawahaké marang Yérusalèm lankutha-kutha ing Yéhuda liyané. Tekansepréné kutha-kutha mau isih rupajugrugan lan ora ana wong siji-sijia singmanggon ana ing kono.3Merga wong-wong sing biyènmanggon ing kono padha gawé piala, lannjalari duka-Ku. Wong-wong mau padhagawé kurban lan nyembah marangallah-allahé bangsa-bangsa liya sing oradingertèni; iya kowé lan para leluhurmupadha ora ngerti.4Aku ora kendhat-kendhat ngutus paranabi-Ku, para nabi, sing nuturi kowésupaya aja nindakaké prekara nisthasing Daksengiti.5Nanging kowé padha ora gelemngrungokaké lan ngèstokaké. Kowépadha tetep gawé kurban lan nyembahmarang allah-allah liya mau.6Mulané Aku banjur ngesokaképaukuman-Ku marang kutha-kutha ingYéhuda lan dalan-dalan ing Yérusalèm.Sarta Dakobong kabèh, mula dadi

Page 940: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 44.7–10 210

jugrugan lan tekan sepréné dadisesawangan sing nggegirisi.7Saikiné Aku, Pangéran KangMahakwasa Allahé Israèl takon marangkowé, yagéné kowé nekakaké paukumangedhé marang awakmu dhéwé? Apakowé arep nekakaké bebaya marangwong lanang wadon, bocah-bocah lanbayiné wong Yéhuda nganti ora ana singkari siji-sijia?8Yagéné kowé ana ing tanahpangungsèn ing Mesir kéné njalariduka-Ku merga enggonmu gawé kurbanlan nyembah marang allah-allah liya?Apa karepmu arep ngrusak awakmudhéwé, supaya ora kajèn ing antaranébangsa-bangsa lan jenengmu dienggongipat-ipati wong?9Apa kowé wis lali karo sakèhé pialasing ditindakaké ana ing kutha-kuthaYéhuda lan ing dalan-dalan Yérusalèmdéning para leluhurmu, déning para rajalan para seliré, déning kowé dhéwé lanpara selirmu?10Tekan sepréné kowé padha oramratobat lan ngasoraké awakmu.Kowé ora ngurmati Aku lan uripmuora manut angger-angger-Ku sing

Page 941: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 44.11–15 211

Dakparingaké marang kowé lan marangpara leluhurmu.11Mulané Aku, Pangéran KangMahakwasa, Allahé Israèl, bakal nglawankowé lan numpes wong Yéhuda kabèh.12Lan sepira ana kekarèné wongYéhuda sing kenceng arep lungamenyang tanah Mesir lan manggonana ing kono, kuwi kabèh bakalDaksirnakaké. Kabèh, iya sing gedhé,utawa sing cilik, bakal mati ana ingtanah Mesir merga déning perang utawamati kaliren. Wong-wong mau bakal dadisesawangan sing nggegirisi. Wong-wongmau bakal diina déning para bangsa lanjenengé dienggo ngipat-ipati wong.13Wong-wong sing padha manggoning tanah Mesir bakal Dakukum, kayaenggon-Ku ngukum Yérusalèm, yakuwisrana perang, paceklik lan pageblug.14Nganti kekarèné wong Yéhuda singngungsi menyang tanah Mesir lan arepmanggon ana ing kana, bakal ora anasing bali menyang Yéhuda menèh, kayasing dadi pengangen-angené, kejabamung wong sawetara."15Sawisé mengkono sakèhé wonglanang sing ngerti yèn bojoné uga gawé

Page 942: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 44.16–18 212

kurban lan nyembah marang allah-allahliyané, semono uga para wong wadonsing padha ngadeg ana ing kono lanwong Israèl sing padha manggon anaing tanah Mesir sisih Kidul, cekakéklumpukané wong akèh banget maupadha kandha karo aku mengkéné,16 "Menggah menapa ingkangpanjenengan ngandikakaken atasasmanipun Pangéran wau kula mbotensaged nampi.17Kula badhé nindakaken pikajengkula piyambak. Kula tetep sami badhédamel kurban dhateng déwa kula,inggih menika Raja Putri ratuning langit.Tetep badhé saos kurban unjukandhateng piyambakipun kados ingkangsampun kula tindakaken sarta dipuntindakaken déning para leluhur kula,para raja lan para pemimpin kula wontenkitha-kithanipun Yéhuda tuwin ingmargi-marginipun Yérusalèm. Mila kulabadhé mboten kekirangan tedha; gesangkula badhé makmur, kalis saking sedayarubéda.18Sebab wiwit kula kèndel saos kurbandhateng Ratuning Langit lan mbotensaos sesajèn unjukan anggur kula sami

Page 943: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 44.19–22 213

ketelasan tedha, tiyang-tiyang kulasami pejah ing peprangan utawi pejahkaliren."19Wong-wong wadon mau padhakandha menèh mengkéné, "Menawi kulasami damel kuwih ingkang kawangunkados Raja Putrining Langit lajeng kulasaosaken minangka kurban dhatengpiyambakipun, sarta saos sesajènunjukan anggur, sémah kula samingertos lan ngrujuki pendamel kula."20Aku banjur kandha karo sakèhé wonglanang lan wadon sing mangsuli akumau mengkéné,21 "Kurban sing kokgawé lan digawédéning para leluhurmu sarta déning pararaja lan para pemimpinmu, apa menèhdéning rakyat ing kutha-kuthané Yéhudalan ing dedalan ing Yérusalèm, apakokkira Pangéran ora pirsa mau kabèhutawa kesupèn?22Saiki tanahmu wis dadi jugruganlan ora ana sing ngenggoni. Dadisesawangan sing nggegirisi, lan jenengédienggo nyupatani wong, mergaPangéran wis ora tahan menèh mirsanipialamu lan pretingkahmu sing nistha.

Page 944: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 44.23–27 21423Paukuman mau kabèh nekani kowémerga kowé wis padha nyembah marangallah-allah liyané lan wis nglakoni dosamarang Pangéran krana enggonmumbaléla marang dhawuh-dhawuhé."24Wong akèh mau padha dakkandhani,luwih-luwih para wong wadon, bab apasing dingandikakaké déning PangéranKang Mahakwasa, Allahé Israèl, kanggowong-wong Yéhuda sing padha manggoning Mesir, mengkéné, "Kowé lan parasomahmu wis padha sumpah marangRaja Putrining Langit yèn kowé arepgawé kurban lan sesajèn kanggo déwamau, mangka kuwi ya wis koktetepi.Yèn mengkono ya uwis! Tetepanasumpahmu! Punagimu luwarana!25 (44:24)26Nanging saiki padha rungoknajanji-Ku sing Dakucapaké sajroningmulading duka-Ku, atas asma-Ku kangmahakwasa, tumraping wong Israèl,sing padha manggon ing tanah Mesir,‘Aja pisan-pisan kowé sumpah nganggoasma-Ku ing selawas-lawasé,’ karo muni,‘Demi Allah kang gesang aku sumpah!’27Kowé bakal Dakgawé supayaora ngalami kemakmuran, malah

Page 945: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 44.28–45.1 215

Daktumpes. Kowé kabèh bakal padhamati merga perang utawa pageblug,nganti ora ana siji waé sing kari urip.28Mung wong sawetara ing antaramusing bakal oncat saka ing pati lanbali saka Mesir menyang Yéhuda.Wong-wong kekarèné kuwi singbakal ngerti tembungé sapa singkelakon: Pangandika-Ku apa kandhanéwong-wong kuwi.29Aku, Pangéran bakal mbuktèkaké yènAku bakal ngukum kowé ing panggonankéné lan janji enggon-Ku arep numpeskowé kuwi bakal kelakon temenan.30Hofra, raja ing Mesir bakalDakulungaké ing tangané paramungsuhé sing ngarah patiné, kayaenggon-Ku ngulungaké Zedekia raja ingYéhuda marang Nebukadnésar raja ingBabil, mungsuhé Zedekia sing ngarahpatiné."

451Nalika Yoyakim bin Yosiaenggoné jumeneng raja ing

Yéhuda nyandhak taun kapat, Barukhnulis pangandikané Pangéran singkawangsitaké marang aku. Aku kandhakaro Barukh,

Page 946: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 45.2–46.2 2162yèn Pangéran, Allahé Israèl, ngandikamengkéné, "Barukh,3 sarèhné kowé tau kandha, ‘Adhuhcilaka aku, Pangéran wis nambahikasusahanku. Aku wis kesayahen mergasaka enggonku sesambat, mangka oraolèh katentreman!’4Nanging Aku, Pangéran, Aku bakalmbubrah apa sing Dakyasa, lan apa singDaktandur bakal Dakbedholi; mengkonosing bakal Daktindakaké sajagad rata.5Kowé aja ngarah marang prekara singmuluk-muluk kanggo awakmu dhéwé!Poma aja duwé pepénginan mengkono!Merga Aku bakal nekakaké paukumanmarang manungsa kabèh, nangingkowé bakal Dakparingi bisa oncat,supaya lestari urip, ana ing ngendi-endiapanggonan sing kokparani. Mengkonopangandikané Pangéran."

461Kanggo para bangsa, Pangéranngandika marang aku.

2Kanggo Mesir Panjenengané ngandikabab tentarané Raja Néko ing Mesir, singdikalahaké déning Nebukadnésar, rajaBabil, ana ing Karkhemis, ing sapinggiréBengawan Éfrat, nalika Yoyakim bin

Page 947: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 46.3–8 217

Yosia enggoné jumeneng raja ing Yéhudanyandhak taun kaping paté.3 "Para perwira Mesir padha ngabani,‘Cepakna tamèng gedhé cilik lan majuaperang!4 Jaranmu padha abah-abahanap lantunggangana! Barisanmu tatanen lantropongmu enggonen! Tumbakmuasahen! Klambimu keré enggonen!’"5Pangéran ngandika menèh, "Yagénékokpadha cengkélak bali kanthi giris?"Prejurité padha kalah, digecak lanmundur, saka wediné padha mlayurerikatan tanpa nolèh ngiwa utawanengen.6Sing playuné kepengkok ora bisametu saka kono; para prejurit padha orabisa oncat. Bareng tekan Lor, sacedhakéÉfrat, padha kesandhung lan tiba.7Sapa ta sing mbludag kaya BengawanNil, kaya kali sing lubèr metu sakatebingé?8Kuwi Mesir, sing mbludag kayaBengawan Nil, kaya kali lubèr metungliwati pinggirané. Sumbaré Mesir, "Akudakmbludag ngerobi sajagad kabèh; akubakal numpes kutha-kutha saisiné.

pabah-abahan: pakéan kapal (jaran).

Page 948: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 46.9–12 2189 Jaran-jaran padha budhala, kréta-kréta perang padha mbalapa! Paraprejurit padha budhala; sing asalé sakatanah Sudan lan saka Libia, sing padhanggawa tamèng, semono uga wong Lidiasing padha nggawa gendhéwa."10 Iki dinané Pangéran, Allah KangMahakwasa, sing jumeneng Allahpiyambak. Ing dina iki Panjenenganénekakaké piwalesé, ing dina ikiPanjenengané ngukum para mungsuhé.Pedhangé bakal ngenani mungsuhénganti entèk kabèh, lan ngombé getihénganti wareg. Para mungsuhé Allah ingdina iki kadadèkaké kurban sembelèhan,ana ing tanah Lor, sacedhaké BengawanÉfrat.11Hé wong Mesir, padha menyangaGiléad, padha golèka tamba ana ingkana! Sebab tambamu wis ora mandi,kowé wis ora bisa mari menèh.12Para bangsa wis padha krungubab niatmu; saben wong wis krungusambatmu. Prejurit sing siji nabrakprejurit sijiné, nganti sakaroné padhaambruk bareng.

Page 949: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 46.13–18 21913Nalika Nebukadnésar, raja Babilperang nglurugi Mesir, Pangéranngandika marang aku mengkéné:14 "Wartakna menyang kutha-kuthaing Mesir, ing Migdol, Mèmfis lanTakhpanhès, ‘Padha cepak-cepakanjaga keslametanmu dhéwé; barang-darbèkmu bakal rusak kabèh mergatekané perang!15Yagéné déwamu Apis sing ampuhkokkalah? Merga dirubuhaké déningPangéran.’16Prejuritmu wis padha kesandhung lantiba; siji kandha karo sijiné: ‘Ayo, gelispadha bali waé, lan ngoncati pedhangémungsuh!’17 Jenengé raja ing Mesir kuwi gantinenwaé: ‘Tukang gawé ribut sing léna oraangon wektu.’18Aku, Pangéran Kang Mahakwasajumeneng raja, Aku Allah kang sipatgesang. Kaya déné Gunung Tabordhuwuré ngungkuli gunung-gunungliyané, lan Gunung Karmèl njenggelegana ing sandhuwuré segara, yamengkono karosané wong sing bakalteka nggempur kowé.

Page 950: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 46.19–24 22019Cepak-cepaka, sebab kowé bakaldadi tawanan, hé kowé, wong-wonging tanah Mesir! Mèmfis bakal dadiara-ara samun, dadi gempuran sing oradienggoni menèh.20Mesir kuwi kaya sapi sing bregas,nanging diantup déning laler pitak.q21Prejurité sing diséwa padha tanpadaya kaya pedhèt lemon; padha oranglawan merangi mungsuh, malahpadha minger banjur mlayu. Mergakasangsarané wong kuwi wis tekantiti-mangsané. Yakuwi mangsané padhanemu karusakan.22Samasa ketekan ing mungsuh, Mesirkeplayu, ngglenes kaya ula. Digempurmungsuhé nganggo wadung, kayacarané wong negor wit-witan ing alasgedhé.23Prejurité mungsuh saking akèhénganti ora kena diétung cacahé,ngungkuli cacahé walang.24Wong Mesir padha kwirangan, mergaditelukaké déning bangsa saka tanahLor. Mengkono pangandikané Pangéran."

qlaler pitak: laler ingkang ngantup kados tawon.

Page 951: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 46.25–28 22125Pangéran Kang Mahakwasa, AllahéIsraèl, ngandika mengkéné, "Amon,déwané Tèbès bakal Dakukum, barengkaro enggon-Ku ngukum Mesir karo paradéwané lan rajané. Rajané Mesir bakalDakukum, semono uga sakèhé wongsing precaya.26Wong-wong mau bakal Dakulungakéing tangané wong-wong sing padhangarah patiné, yakuwi marangNebukadnésar, raja ing Babil lantentarané. Nanging mbésuk wong-wongbakal padha bali manggon ing Mesirmenèh, kaya dhèk jaman biyèn.Mengkono pangandikané Pangéran."27 "Hé umat-Ku, kowé aja wedi. Héwong Israèl, kowé aja padha giris. Akubakal ngluwari kowé saka tanah adoh,panggonanmu dadi tawanan. Kowé bakalbali ing tanahmu menèh, lan manggonana ing kono kanthi tentrem; kowé bakalaman, lan ora ana sing ngaru-biru utawagawé wedimu.28Aku bakal teka ngluwari kowé.Para bangsa sing mboyong kowé daditawanan bakal Daktumpes kabèh. Kowédhéwé bakal ora luput saka paukuman,nanging paukuman-Ku bakal mung

Page 952: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 47.1–5 222

sawetara. Mengkono pangandikanéPangéran."

471Sadurungé raja ing Mesir nyerbukutha Gaza, Pangéran ngandika

marang aku kanggo wong Filistéamengkéné,2 "Delengen, bakal ana banjir tekasaka tanah Lor, bakal mbludag kayabanjir bandhang. Bakal ngerobi tanahlan samubarang sing ana ing kono,kutha-kutha dalah wong sing padhamanggon ing kono. Wong kabèh bakalpadha bengok-bengok njaluk tulung,lan sajagad kabèh bakal padha nangiskelara-lara.3Bakal keprungu swara gemrudugingjaran lan kréta-perang. Para bapa bakalora bali nggolèki anak-anaké, merga wispadha kentèkan tenaga.4Wis tekan dinané Filistéa diremuk, lankapedhotan bantuané Tirus lan Sidon.Aku, Pangéran sing bakal numpes wongFilistéa lan sakèhé wong sing asalé sakaing Kréta.5Wong Gaza bakal ketekan pagiris, lanwong Askelon bakal padha blangkemen.Nganti tekan kapan wong Filistéa padhasedhih merga kepatèn wong-wongé?

Page 953: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 47.6–48.5 2236Kandhaa, ‘Nganti tekan kapanpedhangé Pangéran enggonényembelèhi? Balia menyang rangkamumenèh, ngasoa ana ing kono!’7Nanging kepriyé bisané lèrèn, yènisih Dakdhawuhi nyambut-gawé? PancènDakdhawuhi nyerang Askelon lan sakèhéwong sing manggon ana ing pesisir."

481Pangandikané Pangéran KangMahakwasa kanggo Moab

mengkéné, "Cilaka kowé wong Nebo,merga kuthamu wis karusak! Kiryataimwis karebut, bètèngé wis dijugrugaké,wong sing padha manggon ana ing konopadha kwirangan.2Kamulyané Moab wis ilang! Hèsbonwis karebut déning mungsuh, malahpadha ngrancang arep nyirnakakébangsa Moab. Kutha Madmon bakalora ana swarané menèh; bakal dilurugiperang déning mungsuh.3Wong-wong Horonaim padhasesambat, ‘Panindhes! Karusakangedhé!’4Moab wis dadi gempuran; rungoknatangisé bocah-bocah.5Swarané wong nangis keprungusedalan-dalan nganti tekan Luhit, lan

Page 954: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 48.6–11 224

pesambaté wong ing sauruté dalan singanjog ing Horonaim,6 ‘Rikat, mlayua golèka slamet!’mengkono pangucapé, ‘Mlayua sing rikatkaya kuldi alasan!’7Moab! Kowé ngendelaké kekuwatanmulan kasugihanmu, éwasemono kowébakal karebut lan katelukaké. DéwamuKamos bakal kagawa menyangpembuwangan, bareng karo parapenggedhé lan para imamé.8Ora ana kutha sing bakal oncat sakakarusakan. Lebak lan tanah ngaré bakalkarusak kabèh. Mengkono pangandikanéPangéran.9Gawéa watu nisan kanggo Moab;merga sedhéla engkas bakal karusak.Kutha-kuthané bakal dadi jugrugan, lanora ana wong sing manggon ing konomenèh."10Nampaa paukuman saben wong singora nglakoni pakaryané Allah kanthitumemen lan tulusing ati! Kenaa inglaknat saben wong sing ora migunakaképedhangé kanggo ngwutahaké getih!11Pangandikané Pangéran mengkéné,"Moab wiwit biyèn mula uripé tentremlan ora tau kaboyong menyang

Page 955: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 48.12–16 225

pembuwangan. Moab kuwi kaya anggurmenep tanpa ana sing ngaru-biru, lanora tau diiling saka wadhah siji pindhahwadhah sijiné. Rasané ora tau malih,tetep énaké kaya asliné.12Saiki wis tekan mangsané Aku ngutuswong ngiling Moab kaya anggur. Anggurébakal disuntak saka wadhah-wadhahé,sawisé mengkono wadhah-wadhahguci-guci mau bakal diremuk.13Wong Moab bakal kwirangan ingngatasé Kamos, déwa sesembahané.Ora béda karo wong Israèl sing padhakwirangan ing ngatasé Bètèl, déwa singdiendel-endelaké.14 ‘Hé wong Moab, yagéné kowésesumbar yèn kowé kuwi pahlawan,serdhadhu peng-pengan ing peprangan!’15Moab lan kutha-kuthané wiskagempur; para nonomané singgagah-gagah wis mati disembelèh.Aku iki jumeneng raja, Pangéran KangMahakwasa. Mengkono pangandikanéPangéran.16Ora suwé menèh Moab bakal ketekanpaukuman; sedhéla engkas bakalkatumpes.

Page 956: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 48.17–23 22617 ‘Padha nangisana Moab, hé sakèhéwong sing ana ing sakiwa-tengené,ya kabèh wong sing padha krungukesuwuré.’ Padha ngucapa, ‘Pangwasanésing gedhé wis cunthel; kamulyané lanpangwasané wis tamat!’18Hé sakèhé wong sing manggonana ing Dibon, padha medhuna sakapalungguhanmu sing dhuwur, lanlungguha ing jogan sing reged; sebabsing ngrusak Moab jumeneng ana ingkéné, Panjenengané wis nggempurbètèngé Moab kadadèkaké jugrugan!19Hé sakèhé wong sing manggon ingAroèr, padha ngadega ing sapinggiringdalan lan ngentènana; padha takonamarang wong-wong sing padha keplayu,takonana apa sing padha dialami.20Wong-wong mau bakal padhamangsuli, ‘Moab wis rubuh, padhatangisana. Moab wis dikalahaké,wartakna sauruté Kali Arnon, yèn Moabwis katumpes.’"21 "Kutha-kutha sing ana ing tanahlempar sing dhuwur wis padha ditibanipaukuman: Holon, Yahas, Méfaat,22Dibon, Nébo, Bèt-Diblataim,23Kiryataim, Bèt-Gamul, Bèt-Méon,

Page 957: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 48.24–30 22724Kériot, lan Bozra, lan sakèhékutha-kutha Moab sing adoh lan singcedhak.25Pangwasané Moab wis kaputung;kekuwatané wis pepes! Mengkonopangandikané Pangéran."26Pangandikané Pangéran mengkéné,"Moab gawénen mendem, merga wisnglawan Aku. Moab bakal glimpanganana ing utah-utahané dhéwé lan bakaldigeguyu déning wong akèh.27Moab, élinga nalika kowé padhamoyoki wong Israèl, sing rumangsamukokanggep maling.28Hé sakèhé wong sing padha manggoning Moab, lungaa saka kutha-kuthamulan manggona ana ing gunung-gunungparang! Dadia kaya manuk dara singgawé susuh ana ing tebingé jurang.29Moab gemunggung banget! Akuwis krungu bab gemunggungé lanumuké. Bab enggoné ngendel-endelakékekuwatané dhéwé.30Aku, Pangéran pirsa angkuhé. Singdiegung-egungaké kuwi sejatiné mungangin, lan apa sapenggawéné bakal oralestari.

Page 958: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 48.31–36 22831Mulané aku arep nangisi saben wonging Moab lan wong sing padha manggoning Kir Hèrès.32Aku arep nangisi wong Sibma,luwih-luwih wong-wong ing Yaézèr.Hé kutha Sibma, kowé kuwi kaya witanggur, sing pang-pangé mrambat tekanSegara Mati, terus tekan Yaézèr. Nangingsaiki woh-wohanmu pametuné mangsapanas lan anggurmu wis rusak kabèh.33Kabegjan lan kabungahan wissumingkir saka palemahan suburing Moab. Pemipitané anggur bakalDakpepeti, nganti ora ngilèkaké anggurmenèh, mula ora ana wong gawéombèn-ombèn anggur lan suraké singgawé bakal sirep.34Wong-wong ing Hèsbon lan Eléalépadha sesambat, nganti keprungu ingYahas lan Zoar, Horonaim lan Églat-Selisia. Kali Nimrin asat babar-pisan.35Wong Moab bakal Dakcegah gawékurban obongan ana ing papan-papansing gawéné dienggo manembah langawé sesajèn marang brahala-brahalané.Mengkono pangandikané Pangéran.36Dadi atiku nangisi wong Moablan wong Kir Hèrès, kaya wong sing

Page 959: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 48.37–42 229

ngunèkaké suling samasa ana wongkepatèn, sebab barang-darbèké wisentèk kabèh.37Wong kabèh wis padha nyukursirahé lan ngethok jénggoté sarta natonitangané, malah padha nganggo bagor.38 Ing payon-payoné omah lan ingalun-alun anané mung tangis, sebabMoab wis Dakremuk kaya grabah singwis ora kanggo.39Moab wis Dakremuk! Bengok-bengoka, yèn Moab wis dikalahaké.Moab wis dadi jugrugan. Bangsa-bangsasakiwa-tengené padha nggeguyu lanmoyoki. Mengkono pangandikanéPangéran."40Pangéran wis ngandika yèn bakalana bangsa sing nglayang kaya manukgarudha ana ing sandhuwuré Moab.41Kutha-kuthané lan bètèngé bakalkarebut. Ing dina kuwi para prejuritéMoab bakal padha ketekan giris kayawong wadon sing nglarani.42Moab bakal katumpes lan wis mariolèhé dadi bangsa, merga enggonénglawan marang Aku.

Page 960: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 48.43–49.1 23043Wong-wong Moab bakal ngadhepipanganiaya, luwangan lan kala-jiret.Mengkono pangandikané Pangéran.44Sing sapa arep ngoncati panganiayabakal kecemplung ing luwangan, lan singsapa arep metu saka luwangan bakalkena kala-jiret, merga Pangéran wisnetepaké dinané kasangsaran kanggonéMoab.45Wong ngungsi padha golèkpengayoman ing Hèsbon, sing biyèndadi kutha krajané Raja Sihon, nangingHèsbon jebul suwung. Geniné ngobongpinggiré tanah pegunungan singndhuwur, panggonané wong Moab singdhemen perang.46Mesakaké temen wong Moab!Wong-wong sing padha nyembah Kamosbakal katumpes, anak-anaké lananglan wadon bakal padha kaboyong daditawanan.47Nanging mbésuk Pangéran bakalmbangun Moab dadi tanah sing makmurmenèh. Apa sing didhawuhaké déningPangéran saiki kanggo Moab bakalkelakon kabèh.

491Pangandikané Pangéran kanggoAmon mengkéné, "Apa ing kéné

Page 961: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 49.2–4 231

ora ana wong Israèl sing mbélani tanahpusakané? Apa sebabé déné wong-wongsing nyembah Déwa Molokh nganti bisangrebut tanah pusakané taler Gad lanpadha manggon ana ing kono?2Nanging wis tekan mangsanéwong-wong sing padha manggoning kutha krajan Raba padha krungugemuruhing perang sing Daktekakaké,sing bakal nggempur Raba lan ngobongdésa-désané kadadèkaké gempuran,nganti Israèl ngebèki tanah mau kabèh,karebut saka tangané wong-wong singbiyèn ngrebut saka dhèwèké.3Hé wong Hèsbon, padha sambata!Kutha Ai wis katumpes! Hé para wongwadon ing Raba, kuthamu tangisana.Padha nganggoa bagor lan padhanangisa. Kowé bakal padha mlayukaro gugup. Brahalamu Molokh bakalkaboyong dadi tawanan bareng karopara imam lan para penggedhé.4Hé wong murtad, yagéné kowépadha kumenthus? Kowé wis oraduwé kasektèn menèh. Yagéné kowéngendelaké marang kekuwatanmu lansesumbar yèn ora ana wong sing waninglurugi perang?

Page 962: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 49.5–9 2325Aku bakal nekakaké pagiris singngepung kowé. Kowé kabèh bakal padhakeplayu. Saben wong bakal keplayunylametaké uripé, lan bakal ora anawong sing nglumpukaké tentaramumenèh.6Nanging mbésuk Aku bakal mbangunAmon menèh dadi bangsa sing makmur.Mengkono pangandikané Pangéran."7Pangandikané Pangéran KangMahakwasa kanggo Édom mengkéné,"Apa wong Édom wis ora duwékawicaksanan menèh? Apa penaséhatéwis ora bisa awèh pamrayoga menèhbab apa sing kudu ditindakaké déningÉdom? Apa sakèhé kawicaksanané wismusna kabèh?8Hé wong ing Dédan, énggal padhamlayua! Padha ndhelika! Sebab Akubakal numpes anak-turuné Ésau,merga saiki wis tekan mangsanéAku ndhawahaké paukuman marangwong-wong mau.9Yèn wong ngundhuh anggur lumrahéngarèkaké woh sawetara ana ing wit,lan kècu sing ngrampog ing wayah bengilumrahé mung njupuk barang sawetarasing dibutuhaké.

Page 963: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 49.10–14 23310Nanging Aku bakal mblèjèdianak-turuné Ésau lan ngeblakaképapan-papan pandhelikané, ngantipadha ora bisa umpetan menèh. WongÉdom kabèh bakal katumpes. Ora anasiji waé sing kari.11Tinggalen anak-anakmu sing lola,karebèn mèlu Aku; Aku sing bakalngrumati. Para randhamu Aku sing bakalnguripi.12Yèn wong sing mesthiné ora katutkaukum meksa kena ing paukuman, apakokkira kowé bisa ngoncati paukumankuwi? Ora, kowé kudu ngombé sakatuwunging paukuman uga!13Aku wis sumpah yèn kutha Bozrabakal dadi sesawangan sing nggegirisilan kaya ara-ara samun. Bozra bakaldipoyoki wong akèh lan jenengédienggo ngipat-ipati wong. Désa-désa ing sakiwa-tengené bakal dadijugrugan ing selawas-lawasé. Mengkonopangandikané Pangéran."14Pangucapku mengkéné, "Édom,aku wis tampa wangsit saka Pangéran.Panjenengané wis ngutus wongndhawuhi bangsa-bangsa supaya padha

Page 964: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 49.15–19 234

nglumpukaké wadyabalané lan samektanglurug perang nempuh kowé.15Kowé bakal digawé kalah déningPangéran, nganti kowé bakal ora kajèn.16Gemunggungmu wis nasaraké kowé.Apa kokkira wong-wong padha wedikaro kowé? Kowé manggon ana inggunung parang, nanging senajan kowémanggon ing papan sing dhuwur kayamanuk garudha, éwasemono Pangéranbakal ngasoraké kowé. Mengkonopangandikané Pangéran."17Pangandikané Pangéran, "Cilakawong sing bakal nekani Édom, semonoenggoné nggegirisi, nganti saben wongsing liwat ing kono bakal kagèt lanketaman pagiris.18Sing dialami déning Édom kuwi orabéda karo sing dialami déning Sodom lanGomora nalika katumpes bareng karokutha-kutha ing sakubengé. Ora anawong sing bakal gelem manggon ana ingkono menèh. Mengkono pangandikanéPangéran.19Kaya déné singa sing jumedhul sakarerungkudan sauruté Kali Yardèn banjurmarani pangonan sing suketé ijo royo-royo, kaya mengkono enggon-Ku bakal

Page 965: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 49.20–23 235

teka, mula wong Édom bakal padhakeplayu dadakan saka negara kono.Aku bakal milih pemimpin, sing ngerèhbangsa mau. Aku arep dipadhakaké karosapa? Sapa sing wani nantang Aku? Rajaendi sing arep nglawan Aku?20Mulané rungokna rancangan-Kukanggo wong Édom, lan apa sing bakalDaktindakaké marang kutha Téman.Tekan anak-anaké pisan bakal disèrèdmetu lan saben wong bakal ketamanpagiris.21Yèn Édom ambruk, swaranéngoregaké bumi, lan sambaté bakalkeprungu tekan Teluk Akaba.22Mungsuhé bakal nempuh kutha Bozrakaya manuk garudha sing nglayang karongegaraké swiwiné. Ing dina kuwi paraprejurité Édom bakal padha ketamanpagiris kaya wong wadon sing laginglarani."23Pangandikané Pangéran kanggoDamsyik mengkéné, "Wong-wong singpadha manggon ana ing kutha Hamat lanArpad bakal padha trataban lan gemetermerga padha krungu kabar bakal tekanépaukuman. Wong kabèh padha ketamanpagiris mula ora ana sing tentrem atiné.

Page 966: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 49.24–29 23624Wong-wong sing padha manggon ingDamsyik atiné ngedhap lan saka wedinébanjur padha mlayu. Padha nandhanglara lan perih kaya wong wadon sing laginglarani.25Kutha sing lumrahé seneng-senengmalih dadi kutha suwung lan sepi.26 Ing dina kuwi para nonoman bakalpadha dipatèni ana ing dalan-dalan, lansakèhé prejurit bakal padha katumpes.27Bètèngé Damsyik bakal Dakobong,semono uga kedhatoné Raja Bènhadad.Mengkono pangandikané Pangéran, AllahKang Mahakwasa."28Mengkéné pangandikané Pangérankanggo bangsa-bangsa Kédar lanwilayah-wilayah jajahané kuthaHazor, sing biyèn ditelukaké déningNebukadnésar, raja ing Babil, "WongKédar lurugana perang lan tumpesenbangsa sing ana ing sisih Wétan kuwi!29Rayahen kémah-kémahé lanpepanthaning wedhusé, gordhèn-gordhèné kémahé lan apa waé singana ing kémahé. Unta-untané rebutenkabèh lan wong-wongé kandhanana,‘Kowé dikepung déning panindhes lanpangrodha-peksa!’"

Page 967: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 49.30–35 23730Aku, Pangéran ngandika marangkowé, "Hé wong Hazor, énggal mlayua,lan ndhelika. Nebukadnésar raja ingBabil ngrancang nglurugi perang kowé.31Mengkéné rasanané, ‘Ayo! Kitanempuh bangsa sing rumangsané wisaman lan sentosa! Kuthané ora nganggolawang lan slorogan sarta ora dijagababar-pisan.’32Unta-untané rebuten, semono ugaraja-kaya liyané! Wong-wong sing padhanganggo potongan rambut cendhak kuwibakal Dakbuyaraké menyang endi-endi.Aku bakal nekakaké paukuman marangwong mau saka kéblat papat.33Hazor selawas-lawasé bakal dadiara-ara samun sing mung dienggonidéning asu ajag. Ora ana wong singbakal manggon ana ing kono menèh.Mengkono pangandikané Pangéran."34Ora wetara suwé sawisé Zedekiajumeneng raja ing Yéhuda. PangéranKang Mahakwasa ngandika marang akukanggo tanah Élam mengkéné,35 "Wong sing padha pinter manah ingÉlam, sing ndadèkaké negara iki gedhépangwasané, bakal Dakpatèni kabèh.

Page 968: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 49.36–50.2 23836Aku bakal nekakaké angin sakakéblat papat sing mbuyaraké wong-wongÉlam menyang endi-endi, nganti oraana negara sing ora kanggonan wongngungsi saka Élam.37Wong Élam bakal Dakgawé girisngadhepi mungsuhé sing ngarahnyawané. Sajroning mulading duka-Kuwong Élam bakal Daktumpes. Aku bakalnekakaké tentara supaya nyerang lanwong Élam kabèh disapu resik.38Para rajané lan para penggedhénébakal Daktumpes kabèh, sartangedegaké dhampar-Ku ana ing kana.39Nanging mbésuk bangsa Élambakal Dakdadèkaké makmur menèh.Mengkono pangandikané Pangéran."

501Pangéran paring wangsit marangaku kanggo kutha Babil lan

wong sing padha manggon ing kono,mengkéné dhawuhé,2 "Kabarna kanggo para bangsa! Yaundhangna! Awèha tandha banjurkandhakna kabaré! Aja koksidhem!‘Babil wis karebut! Marduk, déwanéwis diremuk! Para brahalané Babil wiskwirangan, rupané sing njijiki, wis diejur!

Page 969: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 50.3–7 2393Bangsa saka Lor teka lan nempuhBabil, bakal didadèkaké ara-ara samun.Manungsa lan kéwan bakal padhakeplayu saka kono. Ora ana wong singbakal manggon ana ing kono menèh.’"4Pangandikané Pangéran mengkéné,"Yèn wis tekan titi-mangsané wongIsraèl lan wong Yéhuda bakal karonangis nggolèki Aku, Allahé.5Bakal padha takon dalané balimenyang Sion, banjur padha budhalmrana. Wong-wong mau bakal padhagawé prejanjian karo Aku, bakal padhaditetepi ing selawasé.6Umat-Ku mau kaya wedhus singketriwal ing gunung-gunung, ditégakakédéning para pangoné. Padha ngumbarakelunta-lunta saka gunung siji menyanggunung sijiné, nganti padha lali omahédhéwé.7Padha diserang déning sapa waé singmrangguli. Para mungsuhé padha muni,‘Wong-wong kuwi wis padha gawé dosamarang Allahé, mulané kita kapakakéwaé kena, kita ora salah. Para leluhurépadha kumandel marang Allah, lankuduné dhèwèké iya kumandel marangAllah.’

Page 970: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 50.8–13 2408Hé wong Israèl, padha mlayua metusaka Babil! Negara kuwi tinggalen!Mlayua dhisik dhéwé.9Aku bakal ngojok-ojoki bangsa Lorsawetara sing gedhé pangwasané,supaya nglurug nyerang Babil. Bangsa-bangsa mau bakal nata tentarané,banjur nyerang lan ngrebut kutha Babil.10Babil bakal dadi rayahan, lan singngrayah bakal njupuk apa waé singdisenengi. Mengkono pangandikanéPangéran."11Pangandikané Pangéran, "Hé wongBabil, kowé wis njarah-rayah umat-Ku.Kowé wis padha seneng-seneng lanbungah-bungah kaya sapi sing kanggonggiling gandum utawa jaran lanangsing mbengingèh.12Nanging kuthamu bakal ditelukakélan kowé bakal kwirangan. Babil bakaldadi bangsa sing cilik dhéwé, sing garinglan dadi ara-ara samun sing ora anabanyuné.13Merga saka paukuman-Ku bakal oraana wong sing manggon ing Babil. Bakaltetep dadi gempuran lan kabèh wongsing liwat kono bakal padha kagèt langumun.

Page 971: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 50.14–18 24114Hé wong sing nggawa panah langendhéwa, padha tatanen barisanmu.Babil serangen lan kepungen. Panahmulepasna menyang Babil kabèh, sebabkutha kuwi wis gawé dosa marang Aku,sing jumeneng Pangéran.15Gempuren kuthané saka kéblat papatkaro surak-surak. Babil bakal tumuliteluk pasrah bongkokan. Bètèngé wisdigempuri lan dibedhah. Aku bakal malesmarang wong Babil. Semono uga kowépadha malesa, kaya patrapmu marangwong liya.16Aja ana wiji sing disebar anaing tanah kono lan aja ana wongnglumpukaké panèné. Wong manca singmanggon ing kono bakal padha wedimarang tentara sing nyerbu, mulanébanjur padha bali menyang negaranédhéwé."17Pangandikané Pangéran mengkéné,"Umat Israèl kuwi kaya wedhus singdioyak-oyak lan dibuyaraké déning singaakèh. Sing kawitan, dimangsa déningraja Asyur, banjur déning Nebukadnésar,raja ing Babil sing ngrokoti balungé.18Mulané Pangéran Kang MahakwasaAllahé Israèl bakal ndhawahaké

Page 972: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 50.19–23 242

paukuman marang Raja Nebukadnésarlan negarané, kaya enggoné ngukumraja Asyur.19Aku bakal ngulihaké umat Israèlmenyang tanahé dhéwé. Wedhus maubakal nyenggut apa sing tuwuh ana ingGunung Karmèl lan ing wilayah Basan.Mengkono uga bakal padha mangan apasing disenengi, saka pametuné tanah ingjajahané Éfraim lan Giléad.20 Ing mangsa mau bakal ora anadosa menèh ing Israèl lan ora anapiala ana ing Yéhuda. Merga Aku bakalngapura wong-wong sing uripé wisDakslametaké. Mengkono pangandikanéPangéran."21Pangandikané Pangéran mengkéné,"Wong Marataim lan wong Pekod bakalketekan perang. Bakal padha dipatènilan katumpes. Apa sadhawuh-Ku ikitindakna. Aku Pangéran sing ngandika.22Swaraning perang keprungusanegara, lan bakal ana bebaya gedhé.23Sajagad rata wis digandhèn déningBabil nganti ajur mumur, saiki gandhènésing remuk! Bangsa-bangsa kabèhbareng krungu lelakon sing dialaminegara mau padha kagèt.

Page 973: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 50.24–29 24324Hé Babil, sing koklawan kuwi Aku, lankowé klebu ing kala-jiret sing Dakpasangkanggo kowé, nanging kowé ora ngerti.25Aku wis mbukak gudhang singDakenggo nyimpen gegaman-Ku.Sajroning mulading duka-Ku gegamanmau Dakwetokaké, merga Aku PangéranAllah Kang Mahakwasa bakal nindakaképegawéan-Ku ana ing Babil.26Babil bakal diserang saka kéblatpapat. Panggonané nyimpen panganbakal dibubrah! Barang rayahan bakalditumpuk kaya gandum! Satanah kabèhbakal digempur! Ora ana sing kliwatan!27Prejurité kabèh bakal dipatèni!Disembelèh! Wong Babil kabèh nemahicilaka! Wis tekan mangsané padhatampa paukuman!"28 (Para wong ngungsi sing oncatsaka Babil padha teka ing Yérusalèm,banjur padha crita carané Pangéran,Allah kita, enggoné nindakaké pamalesmarang penggawéné wong Babil ana ingPedalemané Allah.)29 "Para wong manah padha konennyerang kutha Babil. Golèka wong singahli manah. Kuthané kepungen lan ajanganti ana wong sing oncat. Walesen

Page 974: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 50.30–34 244

apa sapenggawéné kabèh, kaya caranéolèhé matrapi liyan, merga wong-wongéangkuh, nglawan Aku, Kang Mahasuci,Allahé Israèl.30Mulané para nonomané bakaltiwas ana ing dalan-dalané kutha,lan ing dina kuwi para prejurité bakalpadha katumpes kabèh. Mengkonopangandikané Pangéran.31Hé Babil, sarèhné kowé angkuh,mulané kowé Daklawan, ya Aku,Pangéran sing jumeneng Allah KangMahakwasa! Wis tekan titi-mangsanékowé Dakukum.32Bangsamu sing gemunggung bakalkesandhung lan tiba, mangka ora anasing bisa nangèkaké. Kutha-kuthamubakal Dakobong, lan saisiné kabèh bakaldadi gempuran."33Pangéran Kang Mahakwasa ngandikamengkéné, "Wong Israèl lan wongYéhuda padha ditindhes, dijaga kerasdéning wong sing nelukaké, lan ora olèhlunga.34Nanging sing ngluwari wong maugedhé kasektèné, asmané PangéranKang Mahakwasa. Panjenenganépiyambak sing bakal majeng mbéla

Page 975: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 50.35–40 245

prekarané umaté, lan bakal nekakakékatentreman ana ing bumi, nangingnekakaké kasusahan kanggo wong ingBabil."35Pangandikané Pangéran, "Pepatinekanana Babil! Pepati nekananarakyaté, para penggedhéné, lan parawong wasis.36Pepati nekanana para juru ngramal,nganti konangan bodhoné! Pepatinekanana para prejurité, saiba enggonépadha giris.37Tumpesa jaran lan kréta-perangé!Tumpesa para prejurité séwan, saibaapesé wong-wong mau! Sirnaaraja-branané; kajaraha, karampoga.38Asata sakèhé tuk ing tanahé, garingakali-kaliné. Babil kebak brahala singnjijiki, sing nyebabaké rakyaté bodhokabèh.39Dadi Babil mau bakal dadi pesabanéjin lan roh reged, sarta panggonanémanuk-manuk najis. Selawasé bakalora dienggoni wong menèh, lan déningturun-turuné.40Apa sing dialami déning Sodom lanGomora kuwi bakal dialami déning Babil,yakuwi samasa Babil lan kutha-kutha

Page 976: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 50.41–45 246

kiwa-tengené Daktumpes. Ora ana wongsiji waé sing bakal manggon menèhana ing kana. Mengkono pangandikanéPangéran.41Bakal ana bangsa teka saka Lor,bangsa gedhé saka tanah adoh. Kairiddéning para raja sing nglurug perang.42Padha nggawa panah lan pedhang;bangsa mau ambek siya lan ora duwéwelas. Samasa bala-jaranané teka,swarané kaya gemuruhé segara. Kabèhpadha siaga perang nglawan Babil.43Raja ing Babil krungu wartané, ngantitangané lemes tanpa daya; awaké krasalara kabèh, kaya wong wadon singnglarani.44Kaya singa sing jumedhul saka alassauruté Kali Yardèn marani pangonansing suketé ijo, kaya mengkono Akubakal rawuh nekani wong Babil, ngantipadha mlayu dadakan metu sakakuthané. Aku nuli bakal milih pemimpinsing ngerèh negara mau. Sapa singmadhani Aku? Sapa sing wani nantangAku? Endi ana raja sing bisa nglawanAku?45Mulané padha rungokna rancangansing wis Daktetepaké tumraping Babil

Page 977: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 50.46–51.5 247

lan apa sing bakal Daktindakaké kanggowong-wongé. Tekan anak-anaké bakaldisèrèd metu, nganti saben wong bakalpadha gemeter.46Yèn Babil rubuh swarané bakalngoregaké bumi, lan swarané wong singpadha sesambat, bakal keprungu déningbangsa-bangsa liyané."

511Pangandikané Pangéranmengkéné, "Aku bakal nekakaké

prahara sing ngrusak Babil lan rakyaté.2Aku bakal nekakaké bangsa mancasing bakal numpes Babil kaya praharasing nyapu damèn nganti resik. Yèndinané kasangsaran wis tekan, Babilbakal diserang saka kéblat papat, ngantinegara mau dadi gempuran.3Para prejurit aja nganti kobermenthang gendhéwané utawa nganggoklambiné keré. Para nonomané ajadiéman! Tumpesen tentarané!4Karebèn padha ketaton lan mati ingdalan-dalané kutha-kutha kono.5Aku, Pangéran Kang Mahakwasa,Allahé Israèl ora bakal ninggal Israèllan Yéhuda, senajan padha gawé dosamarang Aku.

Page 978: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 51.6–10 2486Padha mlayua metu saka Babil.Mlayua golèk slamet! Aja nganti katutkatumpes merga saka dosané Babil. Akunindakaké pemales lan ngukum Babiltimbang karo dosané.7Babil kuwi kaya tuwung emas anaing tangan-Ku, sing ngendemi wongsalumahé bumi. Para bangsa padhangombé saka tuwung mau, mula padhamendem.8Babil rubuh dadakan lan remuk!Babil tangisana. Tambanana tatuné,mbokmenawa bisa mari.9Wong manca sing manggon ing kanapadha kandha mengkéné, ‘Aku padhanyoba nulungi Babil, nanging wis kasèp.Mulané ayo padha ditinggal mulih waémenyang negara kita dhéwé-dhéwé.Pangéran ndhawuhaké paukumanémarang Babil; negara sing gedhépangwasané kuwi diremuk nganti ajurmumur.’"10Pangandikané Pangéran, "Umat-Kusesambat, ‘Pangéran wis ngatingalakéyèn kita ana ing fihak sing bener.Mulané ayo padha menyang Yérusalèmlan ngandhani wong-wong ing kana

Page 979: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 51.11–15 249

bab pakaryan sing katindakaké déningPangéran ana ing kéné.’"11Pangéran wis ngosikaké atinéraja-raja Média, merga Panjenenganékagungan kersa numpes Babil. Kayamengkono enggoné bakal maleskarusakané Pedalemané Allah. Paraperwira sing ditugasaké nyerangngabani, "Panahmu padha asahen!Tamèngmu cawisna!"12Banjur padha awèh tandha nyerangbètèngé kutha Babil, lan nyentosakaképenjagan, wong jaga padha diprenahakélan masang wong sing dikon ndheliknyegat mungsuh. Pangéran bakalnindakaké apa sing dingandikakakékanggo Babil.13Negara iki kaliné akèh lan bandhanépirang-pirang, nanging wektuné wisentèk, merga wis tekan watesé umuré.14Pangéran Kang Mahakwasa wissumpah demi gesangé piyambak, yènbakal nekakaké wong akèh nyerangBabil, kaya walang gegolongan singpadha surak-surak merga senengé.15Pangéran nitahaké bumi sranapangwasané; kanthi kawicaksanan

Page 980: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 51.16–21 250

enggoné nalesi jagad lan menthèngsakèhé langit.16Atas saka dhawuhé, banyu-banyusing ana ing awang-awang padhagemuruh. Panjenengané nekakakéméga saka pojoking bumi, sarta kilatmbarengi udan. Angin kawetokaké sakapanggonané kasimpen.17Wong sing ndeleng kabèh maurumangsa bodho lan tanpa teges. Wongsing gawé reca padha kwirangan, mergareca gawéané kuwi ngapusi lan mati.18Reca-reca mau ora ana ajiné, lanmung barang sepélé. Kuwi kabèhbakal disirnakaké samasa Pangéranndhawuhaké paukumané.19Allahé Yakub ora kaya recamau; Panjenengané sing nitahakésamubarang, lan wis milih Israèldadi umat kagungané piyambak.Asmané kasebut Pangéran Allah KangMahakwasa.20Pangandikané Pangéran mengkéné,"Hé Babil, kowé kuwi palu-Ku, gamanperang-Ku. Kowé Dakagem ngremukbangsa-bangsa lan kraton-kraton.21Dakagem numpes jaran lan singnunggangi, kréta-perang lan kusiré.

Page 981: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 51.22–27 25122Dakagem matèni wong lanangwadon, wong tuwa enom, bocah lananglan bocah wadon.23Dakagem nyembelèh pangon lanwedhus ngon-ngonané, wong mluku lansapiné, Dakagem ngremuk para raja lanpegawéné."24Pangandikané Pangéran mengkéné,"Kowé bakal nyipati pemales-Ku marangwong Babil merga sakèhé piala singditindakaké marang Yérusalèm.25Hé Babil, kowé kuwi kaya gunung singngrusak salumahé bumi, nanging ngertiayèn Aku, Pangéran dadi mungsuhmu.Kowé bakal Dakcekel lan Dakbanting inglemah. Dakdadèkaké gunung geni singwis sirep.26Ora ana watu saka jugruganmusing bakal Dakgawé mbangun omahmenèh. Selawasé kowé bakal dadiara-ara samun. Mengkono pangandikanéPangéran.27Tandha kanggo nyerang Babil wisdiunèkaké; yakuwi swaraning slomprètsing bisa keprungu déning para bangsa!Bangsa-bangsa padha siyaga merangiBabil! Kraton-kraton Ararat, Mini lanAskenas kandhanana supaya nyerang.

Page 982: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 51.28–33 252

Ngangkata sénapati sing bakal mimpinserangan. Kumpulna jaran sing akèhékaya walang.28Para bangsa cawisna nglurug perangnglawan Babil. Tekakna raja-raja Média,para penggedhé lan para pegawéné,sarta tentarané negara-negara sing dadijajahané.29Bumi gemeter lan horeg mergaPangéran nindakaké rancangané nggawéBabil dadi ara-ara samun, sing ora anasing ngenggoni.30Para prejurité Babil mandhegenggoné perang, manggrok ana ingbètèng-bètèngé. Wis ilang kekendelanélan dadi kaya wong wadon. Gapuraningkutha diobrak-abrik, omah-omahédiobongi.31Kongkonan sing rikat playuné padhagentèn-gentèn ngaturi pirsa marang rajaing Babil yèn kuthané wis nggempurpirang-pirang panggonan.32Mungsuh wis ngrebut penyabranganélan ngobong bètèngé. Para prejurit Babilpadha gugup.33Ora suwé menèh bakal ambruking lemah, banjur diidak-idakkaya gandum ana ing papan nutu.

Page 983: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 51.34–37 253

Mengkono pangandikané Pangéran KangMahakwasa, Allahé Israèl."34Raja ing Babil wis nyembelèhYérusalèm nuli dipangan. Kaya wongngesok kendhi nganti kothong, ya kayamengkono enggoné ngentèkaké wongYérusalèm. Yérusalèm diuntal, kayakéwan galak sing nguntal mangsané.Banjur njupuk apa sing dibutuhaké,sisané dibuwang.35Wis sapantesé wong ing Sion muni,"Muga-muga Babil diwales sabobotépanindhes sing ditandukaké marangkita!" Mulané wong Yérusalèm padhamuni, "Muga-muga Babil diwales manutgedhéning kasangsaran sing kita alami!"36Mulané Pangéran banjur ngandikamarang wong-wong ing Yérusalèmmengkéné, "Aku bakal mbélaniprekaramu, lan bakal malessapenggawéné mungsuhmu marangkowé. Etuk-etuk ing Babil bakalDakpampet lan kali-kaliné bakalDakasataké.37Negara kuwi bakal dadi tumpukanéjugrugan lan dadi panggonané kéwangalak. Bakal dadi sesawangan singnggegirisi. Ora ana wong sing gelem

Page 984: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 51.38–43 254

manggon ana ing kono, lan kabèh wongsing weruh bakal padha wedi banget.38Wong Babil bakal padha gero-gerokaya singa lan nggereng kaya anaksinga.39Samasa padha keluwèn bakalDakcawisi panganan sing énak-énaknganti padha mendem lan surak-surak.Sawisé mengkono bakal padha ambruknggloso lan ora tangi menèh.40Wong-wong mau banjur bakalDakulungaké supaya disembelèh kayawedhus gèmbèl, wedhus jawa lanwedhus bérok. Mengkono pangandikanéPangéran."41Pangandikané Pangéran kanggoBabil mengkéné, "Kutha sing dadipengalemané wong salumahé bumibakal karebut! Babil bakal dadisesawangan sing nggegirisi kanggonépara bangsa!42Babil bakal keleban segara sranaombak lan aluné.43Kutha-kuthané bakal dadisesawangan sing nggegirisi kayasegara wedhi sing kasatan ing banyu,sing ora dienggoni utawa diambahdéning wong.

Page 985: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 51.44–50 25544Bèl, brahalané Babil bakal Dakukum,lan barang-barang colongané bakalDakwetokaké; bangsa-bangsa bakal oranyembah brahalané menèh. BètèngéBabil wis ambruk.45Hé wong Israèl, padha mlayua metusaka kono! Padha mlayua nylametakényawamu nyingkiri paukuman-Ku.46Aja wedi lan aja geter karo udreg-udregan sing kokrungu. Pendhak taunmesthi ana gègèr. Gègèran sing mergatekané panindhes utawa raja-raja singtukar-padu, sing siji nglawan sijiné.47Mulané wis tekan mangsané Akungukum para brahalané Babil. Sanegarakabèh bakal padha kwirangan, lan wongébakal padha dipatèni kabèh.48Sarupané kumelip ing langit lan ingbumi bakal padha surak-surak, samasaBabil dirubuhaké lan digempur déningbangsa-bangsa sing teka saka Lor.49Babil wis njalari patiné wongsajagad, lan saiki Babil dhéwé bakalambruk merga wis njalari patiné wongIsraèl akèh. Mengkono pangandikanéPangéran."50Pangandikané Pangéran marangumaté sing ana ing Babil mengkéné,

Page 986: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 51.51–55 256

"Kowé wis padha oncat saka pati!Saiki budhala. Aja kokendhé-endhéenggonmu budhal. Senajan kowé adohsaka negaramu, élinga marang Aku,Pangéran Allahmu, lan élinga marangkutha Yérusalèm.51Kowé padha kandha, ‘Kula sampunkwirangan lan dados poyokan. Kawulasampun tanpa daya babar-pisan, margiPedalemanipun Allah sampun karebatdéning bangsa-bangsa sanès.’52Aku wis ngandika yèn wis tekanwektuné Aku ndhawahaké paukumanmarang para brahalané Babil, ngantiswarané wong sing padha gereng-gerengmerga ketaton keprungu ing saindengingnegara.53Senajana Babil bisa mumbul inglangit lan ana ing kana mbangun bètèngsing sentosa, Aku bakal ngutus wongnggempur bètèng mau. Mengkonopangandikané Pangéran."54Pangandikané Pangéran mengkéné,"Rungokna swaraning tangisé wonging Babil, sing padha nangisi rusakingnegarané.55Aku bakal nggempur Babil lanDakbungkem selawas-lawasé. Para

Page 987: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 51.56–59 257

tentara padha ngebyuk mlebu kuthakaya jumeguré ombak, lan padhanempuh kutha mau karo surak-surak.56Pancèn tekané supaya nggempurBabil, lan nawan prejurité, sarta mutungigendhéwané. Aku iki Allah sing ngukumpiala, lan males Babil imbang karopialané.57Para penggedhéné bakal Dakgawémendem, mengkono uga para wongéwasis, para pemimpin lan para prejurité.Wong-wong mau bakal padha turulan ora tangi menèh. Mengkonopangandikané Pangéran, kang jumenengRaja, Kang Mahakwasa.58Bètèngé Babil sing sentosa bakaldigempur lan dirata karo lemah, langapura-gapurané sing dhuwur bakaldiobong nganti entèk. Sakèhé kangèlanépara bangsa bakal muspra tanpagawé, asilé pegawéané bakal kaobong.Mengkono pangandikané Pangéran."59Abdiné Raja Zedekia kuwi jenengéSeraya bin Neria, bin Mahséya. NalikaZedekia enggoné jumeneng raja ingYéhuda nyandhak taun kapaté, Serayandhèrèkaké tindaké Zedekia menyangBabil, karo dakweling.

Page 988: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 51.60–52.1 25860Sakèhé kasangsaran sing bakalnekani Babil daktulis ing buku,mengkono uga prekara-prekara liyanésing magepokan karo Babil.61Welingku marang Seraya mengkéné,"Yèn kowé wis tekan Babil, buku ikiwacanen sing seru kanggo wong-wonging kana; apa waé sing kasebut ing konowacanen.62Banjur kowé ndedongaa, ‘DhuhAllah, Paduka sampun ngandika bilihbadhé nggempur panggènan menika,ngantos mboten wonten makluk gesangingkang kantun ing ngriki, dadosatiyang utawi kéwan. Lan bilih panggènanmenika badhé dados ara-ara samun ingselami-laminipun.’63Seraya, yèn enggonmu maca wisrampung kitab iki banjur bandhulanawatu, lan buwangen ing Bengawan Éfrat,64karo munia, ‘Mengkéné iki bakalkedadéané Babil. Bakal ambles lanora njumbul menèh, merga sakapaukuman sing bakal diparingaké déningPangéran.’" Tekan seméné pamedharwangsité Nabi Yérémia.

521Nalika Zedekia jumeneng rajaing Yéhuda, yuswané selikur

Page 989: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 52.2–7 259

taun. Enggoné ngedhaton ing Yérusalèmlawasé sewelas taun. Asmané ibunéHamutal, putrané putri Yérémia, singmanggon ing kutha Libna.2Raja Zedekia nglampahi dosa marangPangéran, ora béda karo dosanéYoyakim.3Pangéran duka banget marang wongYérusalèm lan wong Yéhuda ngantiwong-wong mau katundhung kabèhsaka ngarsané. Zedekia nglawan marangNebukadnésar, raja ing Babil,4mula Nebukadnésar banjur nglurugiperang nggawa tentarané kabèh sartanyerbu Yérusalèm ing dina kapingsepuluh, sasi kaping sepuluh, taunkaping sangané pepréntahané Zedekia.Banjur padha pasang kémah ana ingsanjabané kutha, ngepung bètèngé,5nganti taun kaping sewelasépepréntahané Zedekia.6 Ing dina kaping sanga, sasi kapingpat taun kuwi, yakuwi bareng paceklikékutha kono wis banget, nganti wis oraana sing dipangan déning rakyat,7bètèngé kutha ambruk. Senajandikepung déning tentara Babil, nangingbengi kuwi Zedekia lan tentarané lolos,

Page 990: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 52.8–12 260

oncat metu saka kutha kono. Lakunémetu petamanan kedhaton, menyanggapura ing sela-selané bètèng loro,banjur mlayu ngener Lebak Yardèn.8Nanging Raja Zedekia banjur dioyakdéning wadyabala Babil lan ketututan oraadoh saka Lebak Yérikho. Raja Zedekiaditinggal mlayu déning para prejurité,banjur dicekel tentara Babil.9Panjenengané diirid menyangngarsané Raja Nebukadnésar, sing nalikasemono ana ing Riblah, ing daérahHamat. Ana ing kono Zedekia didhawahipaukuman.10Para putrané Zedekia kakung padhadisédani ana ing ngarsané, semono ugapara penggedhéné kraton Yéhuda.11Sawisé mengkono paningalé Zedekiadicukil lan astané diblenggu nganggoranté sarta kairid menyang Babil. Ana ingpembuwangan kono Zedekia dilebokakéing pakunjaran nganti sasédané.12 Ing dina kasepuluh, sasi kalima,taun kaping sangané pepréntahanéNebukadnésar, raja ing Babil,Nebuzaradan, penaséhaté Sang Prabulan sénapatiné wadyabala Babil mlebuing Yérusalèm.

Page 991: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 52.13–18 26113Nebuzaradan banjur ngobongPedalemané Allah, kedhaton sartaomah-omah, dalemé para penggedhéing Yérusalèm.14Para prejurité padha nggempurbètèngé kutha.15Sakèhé wong sing isih kari ingYérusalèm, semono uga para tukangsing pengalaman lan wong Israèl singpadha nggabung mèlu wong Babil padhadiboyong déning Nebuzaradan menyangBabil.16Nanging ana wong sawetara singmlarat banget ditinggal ing Yéhuda,yakuwi wong-wong sing padha ora duwélemah. Wong-wong mau padha dikonnggarap pategalan lan kebon anggur.17Wong Babil padha nggempurcagak prunggu lan kréta sing ana ingPedalemané Allah, semono uga kulahgedhé wadhah banyu, lan prunggu-prunggu mau diangkut menyangBabil.18Uga sekop lan wadhah awu singkanggo ngresiki mesbèh, piranti-pirantiubarampéné lampu, pengaron-pengaronsing kanggo madhahi getihé kéwan singdienggo kurban, sarta bokor-bokor sing

Page 992: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 52.19–21 262

kanggo ngobong dupa, lan piranti-pirantiliyané saka prunggu sing dienggo ingPedalemané Allah.19Piranti-piranti saka emas lan slakadijupuki kabèh, kayata mangkok-mangkok, panci-panci sing kanggowadhah mawa, pengaron-pengaronwadhah getihé kéwan sing kanggokurban, wadhah awu, cagak lampu,bokor wadhah dupa, lan bokor-bokorsing kanggo wadhah anggur kanggosaos kurban dhaharan.20Barang-barang saka prunggu yasanéSang Prabu Suléman sing kanggo ana ingPedalemané Allah, kayata cagak-cagak,kréta-kréta lan kulah gedhé wadhahbanyu sing disangga déning sapi lanangrolas saka aboté nganti ora kenaditimbang.21Cagak-cagak prunggu kuwi kabèhpadha ukurané. Saben cagak dhuwuréwolung mèter lan ubengé 5,3 mèter.Kandelé prunggu 75 milimèter, ingnjeroné growong. Ing sandhuwurécagak mau ana endhasé saka prunggu,sing dhuwuré 2,2 mèter. Endhas mausaubengé direngga nganggo ukiran

Page 993: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 52.22–27 263

nam-naman rupa woh dlima, sing iyakagawé saka prunggu.22 (52:21)23 Ing saben cagak ana nam-namanéwoh dlima satus iji, ing antarané 96katon saka ngisor.24Kejaba saka kuwi Nebuzaradan,sénapatiné tentara Babil, iya mboyongSeraya Imam Agung, Zéfanya, imampembantuné Seraya lan pegawé tinggiing Pedalemané Allah cacahé telu.25Uga katut ditawan perwirakomandhané tentara kutha kono,para penaséhaté Sang Prabu, cacahépitu, sing isih ana ing kutha. Paraperwira sing mbiyantu komandhannyatheti lakuné operasi militèr, sartapemimpin-pemimpin penting cacahé 60.26Wong-wong mau disowanaké déningNebuzaradan ing ngarsané Sang PrabuNebukadnésar, sing nalika semonolenggah ing kutha Riblah, ing daérahHamat.27Ana ing kutha kono wong-wongmau padha disiksa nganti mati déningNebukadnésar. Kaya mengkono wongYéhuda enggoné katawan sartakaboyong menyang pembuwangan.

Page 994: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 52.28–33 26428Daftaré wong-wong sing ditawanlan diboyong déning Nebukadnésarkuwi mengkéné: Ing taun kapitupepréntahané Nebukadnésar. SangPrabu nawan lan mboyong wong 3.023;ing taun kaping wolulasé 832 sakaYérusalèm; ing taun kaping telulikurpepréntahané wong 745. Dadi cacahéwong sing diboyong kabèh ana wong4.600.29 (52:28)30 (52:28)31Nalika Éwil-Merodakh dadi rajaing Babil, panjenengané ngetingalaképiwelasé marang Yoyakhin, raja ingYéhuda, banjur ngluwari panjenenganésaka pakunjaran. Kelakoné kuwi nalikaYoyakhin enggoné kakunjara wis olèh 37taun, sasi rolas, tanggal selawé.32Sang Prabu Éwil-Merodakh tangkepébecik marang Raja Yoyakhin, muladiparingi kalenggahan sing luwih dhuwurketimbang karo para raja liyané singbebarengan karo Yoyakhin kaboyongmenyang ing Babil.33Yoyakhin diparengaké ora ngagemageman pakunjaran lan pareng

Page 995: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEREMIA 52.34 265

dhahar bebarengan karo Sang PrabuÉwil-Merodakh nganti sasédané.34Sajroné sugengé Yoyakhin saben dinanampi sakebutuhané saka Sang PrabuÉwil-Merodakh.

Page 996: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

Ratapan

11Adhuh sepi temen Yérusalèm saiki,kutha sing biyèn ramé kebak wong!

Biyèn kutha sing kajèn-kéringan ingjagad, saiki dadi kaya randha. Biyènkutha kang unggul, lan kinurmatan.Saiki para penggedhéné padha dadibatur-tukon.2Sewengi muput enggoné nangiskelara-lara, luhé dlèwèran ana ingpipiné. Kanca-kancané kabèh wis oraana sing gelem nglipur dhèwèké. Mitranéwis padha nyidrani kabèh lan saiki wispadha malih dadi satruné.3Wong-wong Yéhuda wis padha dadibatur-tukon sing memelas, kabedholsaka tanahé. Padha manggon ana ingtanah manca, tanah sing dudu tanahé.Dikepung déning para satruné, ora bisaoncat saka kono.4Saiki ora ana sing sowan ingPedalemané Allah, ngabekti ing dinariaya. Para prawané padha sangsara, lanpara imamé padha nggresah. Gapurané

Page 997: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

RATAPAN 1.5–9 2

kutha dadi suwung, lan saiki kutha Sionkaya wong kesrakat.5Dikwasani déning mungsuhé, digegemkenceng ing tangané. Pangéranpiyambak sing ngganjar kasangsaranmerga saka sakèhé pialané. Anak-anaképadha direbut lan digawa lunga.6Yérusalèm wis koncatan kamulyané.Para pemimpiné wis tanpa daya, kayamenjangan sing keluwèn, kentèkantenaga samasa mlayu, nyingkiri singmbebedhag.7Bareng wis dadi gempuran sing sepi,suwung, Yérusalèm kèlingan mompyorédhèk jaman-jaman kepungkur. Nalikaditelukaké mungsuh, ora ana singnulungi. Para satruné padha nyawangkaro nggeguyu.8Yérusalèm wis ora kajèn; wis diblèjèdilan dirèmèhaké. Saiki ngresula, rainéditutupi saka isiné. Yérusalèm wisdadi najis, merga saka dosané sranatumindak nistha.9Najisé katon cetha wéla-wéla, nangingora mikir bakal wekasané. Tibanékanteb, mangka ora ana sing nglipur.Mungsuhé padha menang, mangka

Page 998: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

RATAPAN 1.10–14 3

Yérusalèm sambat-sambat marangPangéran nyuwun piwelas.10Para mungsuhé wis ngrampog sakèhéraja-branané. Wong-wong weruh dhéwémungsuhé padha mlebu PedalemanéAllah, panggonan sing miturut dhawuhéPangéran ora kena dileboni déning wongkapir.11Wong-wongé padha sambat samasagolèk apa sing arep dipangan. Raja-kayané padha diijolaké pangan supayaisih bisa urip. Kutha mau sesambat,"Mugi kersa mirsani kawula, dhuh Allah;kersaa mirsani kawula, déné semantenkanisthan kawula."12Saben wong sing liwat disambati,"Sawangen aku! Rak ora ana wong singsangsarané kaya aku. Pangéran wisnekakaké kasangsaran marang aku,merga saka dukané!13Panjenengané ngutus geni sakalangit, geni sing murub ana ing njeroku.Aku dipasangi kala-jiret, banjur dibantinging lemah. Aku banjur ditégakaké, ditilarngalami sengsara sing ora ana entèké.14Sakèhé dosaku dicathet landibongkok dadi siji. Banjur digandhulakéana ing guluku, aku nganti mèyèk-mèyèk

Page 999: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

RATAPAN 1.15–19 4

kabotan. Pangéran ngulungaké akumarang para mungsuhku, sing aku orabisa nandhingi.15Para prejurit sing dakendel-endelakémung dirèmèhaké déning Pangéran.Panjenengané nekakaké mungsuhnumpes para nonomanku. Wong-wongkupadha diidak-idak kaya wong mipitanggur ing pemipitan.16Kuwi sing njalari aku nangiskelara-lara, mangka ora ana singnglipur aku utawa nggedhèkaké atiku.Aku wis ditelukaké déning mungsuh;wong-wongku wis ora duwé apa-apa.17Tanganku wis dakulungaké, nangingora ana wong sing nyandhak. Pangéranwis nekakaké para mungsuhku sakakéblat papat. Penggawéné marang akupresasat aku iki barang najis.18Nanging Pangéran kuwi adil; kabèhmau merga aku nglawan Panjenengané.Padha rungokna, hé sakèhé wong ingngendi waé, sawangen, seméné gedhénékasangsaranku. Para nonomanku lananglan wadon wis padha ditawan lan digawalunga.19Aku celuk-celuk para mitraku,nanging ora ana sing sudi nulungi aku.

Page 1000: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

RATAPAN 1.20–2.1 5

Para imam lan para pemimpin padhamati ing dalan-dalan ing kutha kéné,merga golèk pangan kanggo urip.20Dhuh Pangéran, mugi mirsanienggèn kawula kraos badhé pejah;nyawa kawula ajrih sanget. Manahkawula remuk déning sisah margingraosaken dosa-dosa kawula. Ingsamargi-margi wonten pepejah; malahugi ing salebeting griya.21Dhuh Pangéran, mugi miyarsakakenpesambat kawula. Para mengsah kawulasami bingah-bingah, déné kawulasampun Paduka tumpes. Mugi kersandhatengaken dinten ingkang sampunPaduka janjèkaken; para mengsahkawula kadamela sangsara kadoskawula.22Piawonipun mugi Paduka dhawahipaukuman; mugi Paduka ukum kadosenggèn Paduka ngukum dosa kawula.Kawula sesambat ing salebetingkasangsaran, lan manah kawula sakitsanget!"

21Pangéran sajroning muladingdukané, wis ngemuli Sion nganggo

pepeteng. Kaéndahané sing presasat

Page 1001: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

RATAPAN 2.2–6 6

Pirdus wis diwalik dadi gempuran. Mergaduka, Pasucèné ditégakaké.2Tanpa welas Pangéran ngrisak sabendésa ing Yéhuda. Bètèng-bètèngsing dadi pangayomané tanah konodigempuri. Kraton lan para penggedhénédigawé wirang.3Saka dukané Panjenengané numpeskekuwatané Israèl. Nalika mungsuhteka, Panjenengané ora kersa paringpitulungan. Kaya pengamuké geni,ya kaya mengkono dukané Pangéranmbesmi lan nyirnakaké samubarang.4Panahé diarahaké marang kitakaya marang mungsuhé. Kabèh singkita tresnani lan gawé bungahé atidipatèni. Ing Yérusalèm kéné kita padhangrasakaké aboting paukumané.5Pangéran wis nggecak Israèl kayamarang mungsuhé. Bètèng-bètènglan kedhaton didadèkaké gempuran.Panjenengané nekakaké kasusahan singora entèk-entèk marang Yérusalèm.6Pedalemané Allah, panggonan kitamanembah marang Panjenenganédilebur dadi awu. Dina suci lan dinaSabbat dibatalaké. Raja lan imam padhangrasakaké bentèring penggalihé.

Page 1002: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

RATAPAN 2.7–11 77Pangéran wis nampik mesbèh lan nilarPedalemané. Mungsuh kita diparengakénggempur bètènging kutha. Mungsuhpadha surak-surak ing panggonan singbiyèn kita enggo mbektèni Panjenenganékanthi bungah.8Wis dadi kersané Pangéran sing orakena diowahi, yèn bètèngé Sion kududigempur. Kabèh wis ditata kanthi tlitisupaya digempur dadi awu. Menara-menara lan témbok-témbok saiki dadigempuran kabèh.9Gapura lan lawangé negarasaiki dadi jugrugan, slaraké padhaputung kari tugel-tugelané. SangPrabu lan para penggedhé diboyongmenyang pambuwangan. Torèt wis orakawulangaké menèh, lan para nabiwis padha ora nampa wangsit sakaPangéran.10Wong tuwa-tuwa ing Yérusalèmpadha nglésod ing lemah tanpakumecap. Padha nganggo bagor lansirahé di wur-wuri awu. Para prawanpadha nungkulaké sirahé ing bumi.11Mripaté perih merga saka enggonénangis; atiku ajur mumur mergasaka sedhih, ngrasakaké karusakané

Page 1003: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

RATAPAN 2.12–15 8

bangsaku. Bocah lan bayi padha patingklèlèr glimpangan ing dalan-dalan kutha.12Merga padha ngelih lan ngelak,padha nangis njaluk mangan lan ngombémarang biyungé; banjur padha ambrukkaya wong ketaton, nuli alon-alon padhamati ana ing pangkoné biyungé.13Dhuh Yérusalèm, Yérusalèm, apasing arep dakkandhakaké? Kepriyéenggonku arep nglipur kowé? Durungtau ana kasangsaran kaya sing kokalamikuwi! Kasangsaranmu gedhé banget,mangka ora ana pengarep-arep bakalkapan rampungé?14Para nabimu mung bisa medharwangsit goroh; piwulangé nasarakékowé, merga ora tau nuduhaké dosamu.Kuwi marakaké kowé padha duwépengira yèn kowé ora susah padhamratobat. Sabeneré dhèwèké mungngandhakaké prekara-prekara sing oranyata nganggo tembung-tembung singmikat.15Wong sing liwat ing kutha konopadha ngrèmèhaké kowé. Padhagèdhèg-gèdhèg lan nggeguyu ndelengjugrugan-jugrugan ing Yérusalèm.

Page 1004: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

RATAPAN 2.16–20 9

Kandhané, "Apa iki kutha sing éndah,sing diegung-egungaké wong sajagad?"16Sakèhé mungsuhmu padha moyokikowé karo nggeguyu saka getingé karokowé. Tembungé, "Rasakna, kowé wisdakgempur! Iki wektu sing wis suwédakarep-arep!"17Wekasané Pangéran nindakaképengancam sing wis suwé dingandikakaké. Panjenengané wisngremuk kita tanpa welas, kayaenggoné ngélingaké marang kita dhèkjaman biyèn. Mungsuh kita padhadiparingi kemenangan, mula padhabungah-bungah merga kita ambruk.18Dhuh Yérusalèm, bètèngmu sambatamarang Pangéran! Luhmu milia terusrina lan wengi. Karebèn awakmu keselmerga saka enggonmu sedhih lannangis!19Padha meléka sewengi muput lannangisana Pangéran. Sokna isining atimumarang Panjenengané lan nyuwunakawlasan kanggo para bocah cilik, singpadha arep mati ana ing dedalan ingsaben pojoking prapatan.20Dhuh Allah, mugi kersa mirsanitiyang-tiyang ingkang Paduka siksa!

Page 1005: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

RATAPAN 2.21–3.5 10

Tiyang èstri sami nedha daginginganakipun piyambak, ingkang dipuntresnani. Para imam lan para nabisami kapejahan wonten ing salebetingPedalemanipun Allah.21Tiyang nèm sepuh sami pejah patingglimpang wonten ing margi-margi.Prawan lan tiyang èstri sami kapejahansrana pedhang. Sedaya sami Padukababadi tanpa welas nalika Paduka duka.22Paduka ngulemi para mengsahkawula sami ndhatengi pésta, nganiayaing sakiwa-tengen kawula. Lan mbotenwonten ingkang saged oncat sakingpanganiaya menika. Anak-anak kawulasami dipun pejahi, mangka menikaingkang kawula agengaken lan kawulatresnani.

31Aku iki wong sing wis ngrasakakédiukum déning Allah!

2Aku digiring mlebu ing pepeteng, sayasuwé saya jero.3Aku digebagi bola-bali tanpa welas.4Dagingku padha suwèk, nganti kayamangap-mangapa, balungku padhatugel.5Aku dilebokaké ing pakunjaraningkasangsaran sing nggegirisi.

Page 1006: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

RATAPAN 3.6–16 116Aku dipeksa manggon ing jagadingwong mati sing ora ana entèk-entèké.7Aku diblenggu nganggo ranté; ngantiora duwé pengarep-arep bisané oncat.8Aku jerit-jerit njaluk tulung, nangingAllah ora miyarsakaké.9Lakuku gloyoran, nanging menyangangendi paranku, aku dialang-alangidéning témbok.10Panjenengané ngadhepi aku kayabruwang, kaya singa enggoné nubrukaku.11Aku dilarak saka dalan, banjurdisempal-sempal lan ditinggal lunga.12Panjenengané ngasta gendhéwa, lanaku didadèkaké lés-lésané panahé.13Panahé ngenani awakku, nancep jeroana ing dagingku.14Wong-wong padha nggeguyu akusedina muput; aku dadi pepoyokanéwong kabèh.15Cangkemku dicangar, diombèniombèn-ombèn sing pait banget, akunganti wareg pangan lan ombèn-ombènsing sarwa pait.16Raiku digosok-gosokaké ing lemahlan untuku rampal kabèh kena watu.

Page 1007: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

RATAPAN 3.17–25 1217Wis suwé aku ora tau ngrasakakékepénak, aku nganti lali apa sing diaranikatentreman lan kabegjan.18Uripku wis ora suwé menèh.Pengarep-arepku marang Allah wis ilang.19Ngrasakaké larané awakku, lanenggonku wis ora duwé papanpadunungan menèh, kuwi kasusahansing paité kaya wisa.20Kuwi sing tansah dakpikir, ngantisupek rasané atiku.21Nanging saprekara sing njalaripengarep-arepku tuwuh menèh:22Yakuwi yèn sihé Pangéran, lankawlasané mesthi ora bakal mandheg.23Tansah seger lan ganti-gumantisaben ésuk, kena dipesthèkaké kayaplethèké srengéngé.24Aku ora duwé apa-apa kejabamung Pangéran piyambak, mulanémung Panjenengané piyambak singdakendelaké.25Pangéran kuwi saé tumrap wongsing ngendelaké marang Panjenengané;kanggoné wong sing ngupayaPanjenengané.

Page 1008: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

RATAPAN 3.26–37 1326Becik wong nganti-anti pitulungankanthi sabar, sing nekakaké pangluwaranmarang kita.27Lan sing becik dhéwé kuwi yèn kitasinau sabar wiwit isih enom.28Yèn lagi nandhang susah, lungguhadhéwékan, sing sabar lan menenga waé.29Tumungkula karo pasrah marangPangéran, sebab bisa uga isih anapengarep-arep.30Senajan diantemi lan dipoyoki, kabèhmau tampanana tanpa ngresula.31Pangéran kuwi mahawelas, lanenggoné nyébrataké ora selawasé.32Senajan Panjenengané maringikasusahan, nanging katresnané marangkita nyata lan kebak pangwasa.33Awit Panjenengané ora remen gawésusah utawa milara kita.34Pangéran pirsa yèn ati kita remuk ingpakunjaran.35Panjenengané pirsa yèn wewenangpeparingé marang kita disawenang-wenang ing wong.36Panjenengané pirsa yèn ana ingpengadilan, keadilan dislèwèngaké.37Mung kersané Pangéran piyambaksing mesthi klakon.

Page 1009: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

RATAPAN 3.38–47 1438Ala lan becik kuwi klakoné atasdhawuhé.39Yagéné kita padha nggresah yèn kitakaukum merga saka dosa kita.40Mulané ayo padha nliti kelakuan kitalan mratobat marang Pangéran.41Ayo padha ngakoni dosa kita marangAllah karo ndedonga,42 "Kawula sampun sami damel dosalan mbaléla dhateng Paduka, mangkaPaduka mboten paring pangapunten.43Malah kawula Paduka kuya-kuyalan Paduka pejahi. Kawlasan Padukakaaling-alingan déning paukumanPaduka.44 Ingkang kados mendhung kandel,ngantos mboten saged katembus déningpandonga kawula.45Kawula Paduka dadosaken barangtampikan ing antawisipun bangsa-bangsa ing salumahing bumi.46Kawula dipun ungel-ungelakendéning para mengsah kawula.47Kawula sampun karisak lankagempur; kawula sami gesang ingsatengahing bebaya lan pagiris.

Page 1010: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

RATAPAN 3.48–57 1548Mripat kawula trocosan ngedalakenluh margi enggèn kawula nangisi bangsakawula ingkang katumpes.49Luh kawula badhé kaesokaken kadosilining lèpèn.50Ngantos Paduka mirsani kawulasaking swarga.51Manah kawula sedhih sanget menawikawula sumerep kedadosan ingkangdipun alami déning para tiyang èstri ingkitha kawula.52Kawula kados peksi kénging kala-jiretingkang kapasang déning para mengsahkawula, ingkang sengit dhateng kawulatanpa sebab.53Kawula kacemplungaken ing sumur,sumuripun lajeng katutup mawi séla.54Kawula sampun mèh kleleb, milanginten bilih ajal kawula sampun celak.55Saking dhasaring sumur kawulanyebut asma Paduka, dhuh Allah.56Lan nalika kawula ndedonga supadosPaduka miyarsakaken panjerit kawula,Paduka lajeng nanggapi.57Paduka paring wangsulan lanngandika bilih kawula mboten sisahajrih.

Page 1011: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

RATAPAN 3.58–4.1 1658Paduka rawuh lajeng ngluwari nyawakawula, dhuh Allah.59Mugi kersa maringi keadilan dhatengkawula, awit Paduka pirsa pendamelawon ingkang katindakaken dhatengkawula.60Paduka pirsa kados menapasengitipun para mengsah dhatengkawula.61Paduka miyarsa enggènipun saminyenyamah kawula, dhuh Allah, Padukapirsa sedaya pangancamipun.62Sadinten-dinten namung sami nyaturkawula lan ngrantam-ngrantam menapaingkang badhé katindakaken dhatengkawula.63Rinten dalu mboten kendhat,enggènipun ngina kawula.64Dhuh Allah, tiyang-tiyang menikamugi Paduka ukum mergi sakingpendamelipun.65Paduka ipat-ipatana lan manahipunkadamela semplah!66Mugi Paduka oyak ngantos ambruk,lajeng Paduka sirnakaken saking bumi."

41Emas kita sing biyèn mencorongwis dadi surem; watu-watuné

Page 1012: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

RATAPAN 4.2–8 17

Pedalemané Allah pating slebar ana ingdalan-dalan.2Para nonomané Sion sing tumrapingkita ajiné kaya emas, saiki dianggepkaya grabah, ala, ora ana ajiné.3Asu ajag gelem nusoni anak-anaké,nanging bangsaku kaya manuk untaing segara wedhi, padha tegel karoanak-anaké.4Padha ditégakaké mati kasatan lankaliren; bocah padha ngrintih njalukpangan, nanging ora ana sing mènèhi.5Wong-wong sing biyèn kulina manganpangan pilihan sing énak dhéwé, saikipadha mati ing dalan-dalan. Wong singbiyèn kulina urip méwah saiki padhangolak-alik pawuhan golèk pangan.6Umat-Ku nampa paukuman singluwih abot tinimbang wong Sodom,sing katumpes dadakan déning astanéPangéran.7Para putrané raja kita padha orakalépétan najis, padha resik kaya salju,gagah lan rosa, badané waras lanseger-seger.8Saiki ora ana sing kenal, padha patingglimpang ana ing dalan-dalan, rupané

Page 1013: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

RATAPAN 4.9–14 18

ireng kaya wong sing arep mati; kulitégaring kaya kayu, kisut kelèt balungé.9Sing mati ing peprangan luwih begjaketimbang karo sing urip, nanging matikaliren alon-alon, merga ora ana singdipangan.10Cilaka wong sing nekani umatkusing nggegirisi banget; ibu sing lumrahégemati marang anak-anaké, tegel ngolahanaké dhéwé banjur dipangan.11Pangéran wis ngesokaké dukanésakatogé, lan nyumed geni ing Sionsing ngobong samubarang tekandhasar-dhasaré.12Wong ing ngendi waé, senajanraja-raja manca pisan, padha ngakuyèn mungsuh endi waé ora bakal bisanggempur gapurané Yérusalèm.13Nanging meksa bisa klakon, mergapara nabiné wis padha nglakoni dosa, lanpara imamé padha nglanggar tatanan,mula njalari patiné wong akèh sing orasalah.14Para pemimpin padha mlaku ingdalan kaya wong wuta sing sandhanganéglépot getih, nganti ora ana wong singwani nggepok.

Page 1014: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

RATAPAN 4.15–20 1915Wong-wong padha alok-alok,"Sumingkira, aja nggepok aku!" Dadipara pemimpin mau banjur padhanglambrang marani bangsa siji menyangsijiné, nanging ora ana sing gelemkanggonan.16Pangéran wis ora menggalih wong-wong mau menèh, malah dibuyarakédéning astané piyambak. Panjenenganéwis négakaké para imam; lan parapemimpin, ora padha diwelasi.17Aku padha ngarep-arep muga-mugaana pitulungan, nanging ora anapitulungan teka. Kita padha nganti-antipitulungan saka bangsa, sing ora bisaawèh apa-apa.18Mungsuh tansah ndingkik kita, ngantikita padha ora wani mlaku ana ing dalan.Aku wis tekan ajalku. Iki wekasanéuripku.19Sing ngoyak-oyak aku rikaténgungkuli manuk garudha sing nyambersaka langit. Aku padha dioyak-oyak inggunung-gunung, lan digropyok ana ingara-ara samun.20Sing dicekel dhisik sumbering uripkita, yakuwi Sang Prabu, pilihanéPangéran piyambak. Sang Raja sing

Page 1015: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

RATAPAN 4.21–5.4 20

kita endelaké bakal paring pengayomansamasa kita diserang déning mungsuh.21Hé wong Édom lan wong Uz,padha ngguyua mumpung isih bisangguyu. Sebab kowé iya bakal ketekanpaukuman, kowé iya bakal dadi mendem,banjur gloyoran karo cucul sandhangandhéwé.22Sion wis nampa piwalesé dosané.Pangéran bakal ora marengaké kowékesuwèn ana ing pambuwangan.Nanging hé Édom, kowé bakal diukumdéning Pangéran. Panjenengané bakalmbusak sakèhé dosamu.

51Dhuh Pangéran, Paduka mugi kersangèngeti menapa ingkang sampun

sami kawula alami. Mugi kersa mirsanienggèn kawula sami kwirangan.2Tanah pusaka kawula sampun dhawahing tanganipun bangsa sanès; griya-griya kawula sami dipun enggèni déningtiyang-tiyang manca negari.3Para bapa kawula sampun sami dipunpejahi déning mengsah, mila para biyungkawula samenika sami dados randha.4Toya ingkang kawula ombé kedahkawula bayar; kajeng ingkang kawulaenggé urub-urub kedah kawula tumbas.

Page 1016: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

RATAPAN 5.5–11 215Kawula sami kaoyak kados kuldilan unta, ngantos sami kesel mangkamboten angsal ngaso.6Supados saged angsal tedha kanggégesang, kawula sami ngemis-ngemisdhateng Mesir lan Asyur.7Para leluhur kawula sami dameldosa, nanging samenika sampun samitilar-donya; lan kawula sami nandhangsangsara krana saking dosanipun.8Kawula sami dipun rèh déningtiyang-tiyang ingkang leresipun namungdados réncang tumbasan, mangkamboten wonten ingkang saged ngluwarikawula saking pangwaosipun.9 Ing sanjawinipun kitha kathah bégalingkang tegel mejahi ngantos enggènkawula pados tedha kedah toh nyawa.10Kawula sami kaliren, ngantos kraosbadan kawula mengangah kados tiyangsakit bentèr, inggih ngantos kulit kawulabentèripun kados anglo ingkang murub.11Para tiyang èstri ing Gunung Sionsampun sami karodha-peksa;a mekatenugi anak-anak kita èstri ing saben kithaing Yéhuda.

akarodha-peksa: diperkosa (bhs. Ind.).

Page 1017: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

RATAPAN 5.12–19 2212Para pemimpin kawula sampun samidipun cepeng lan dipun gantung; parapinisepuh sampun mboten dipun urmati.13Para nènèman kawula sami dipunpasangi rakitan gilingan gandum kadosréncang tumbasan. Laré jaler samigloyoran mikuli kajeng ingkang awrat.14Para pinisepuh mboten sami lenggahwonten ing gapuraning kitha malih, lanpara nènèman sampun mboten saminabuh tetabuhan.15Gesang kawula sampun koncataning kabegjan, kasisahan sampun dadosgantosipun jogèdan.16 Ingkang rumiyin kawula egung-egungaken sampun telas sedaya, kawulasampun sami damel dosa, mila tampipaukuman.17Manah kawula sami sakit, ngantossami mboten saged ningali margi déningluh.18Sarèhné Sion sampun sepen lansuwung, mila para segawon ajag badhésami saba, wonten ing gempuraningkitha menika.19Dhuh Pangéran, Paduka jumenengRaja ing selaminipun, mila inggih badhéngerèh ing selami-laminipun.

Page 1018: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

RATAPAN 5.20–22 2320Kénging menapa kawula sami Padukatégakaken semanten laminipun? Menapakawula inggih sami badhé Paduka èngetimalih?21Dhuh Allah, kawula mugikawangsulaken dhateng Padukamalih! Kawontenan kawula mugi Padukapulihaken malih!22Menapa kawula sampun Padukatampik ing selami-laminipun? Menapapaukuman Paduka tanpa wangenan?

Page 1019: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

Yehezkiel

11 Ing dina kaping lima, sasi kapingpat, taun kaping telung puluh,

aku Imam Yéhezkièl bin Buzi, ana ingpinggir Kali Kebar ing Babil, bebarengankaro para wong buwangan Yahudi.Dumadakan langité menga lan akuweruh wahyu saka Allah.2 (Nalika semono Raja Yoyakhin wislimang taun ana ing pembuwangan.)3Ana ing Babil kono, ing pinggir KaliKebar Pangéran ngandika marangaku lan aku krasa dilimputi déningpangwasané Pangéran.4Aku banjur weruh ana praharateka saka Lor. Saka mendhung singkandel banget metu kilaté akèh padhasesamberan nganti langité padhangsemilak. Ing satengahé kilat-kilat mauana rerupan mencorong kaya prunggu.5 Ing satengahé prahara aku weruh anamakluk papat kaya manungsa,6nanging saben makluk duwé rai papatlan swiwi papat.

Page 1020: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 1.7–13 27Sikilé lenceng-lenceng, lan duwétracak kaya tracaké sapi lanang. Padhamencorong kaya swasa sing mentasdigebeg.8Kejaba rainé papat lan swiwiné papat,saben makluk mau duwé tangan papatkaya tangan manungsa, saben swiwi ingngisoré ana tangané siji.9Saben makluk swiwiné loro megar,mangka pucuking swiwiné sing megarmau gathuk karo pucuké swiwiné maklukjèjèré, mula makluk mau bebarengankaton kaya barang pesagi. Yèn mlakuora nganggo minger-minger.10Saben makluk mau duwé rai papat.Sing ngarep rupa rai manungsa, singsisih tengen rai singa, sing kiwa rai sapi,lan sing mburi rai garudha.11Swiwiné loro kaegaraké mendhuwur,pucuké swiwi siji-sijiné gathuk karopucuk swiwiné makluk jèjèré. Swiwi singloro liyané kalempit nutupi awaké.12Saben makluk madhep ing kéblatpapat, mula makluk papat maubebarengan bisa menyang endi waétanpa mingar-minger.13 Ing satengahé makluk papat mau anageni kaya obor, mlaku mrana-mréné.

Page 1021: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 1.14–21 3

Geniné obor mau sok mulad-muladngetokaké kilat sesamberan.14Para makluk mau padha maburmrana-mréné, rikaté kaya kilat.15Sajroné aku nggatèkaké sakèhinglelakon mau, aku ndeleng ana rodhapapat ngambah bumi, saben rodhangadeg sandhing makluk siji.16Rodha mau padha kabèh. Sabenrodha mencorong kaya watu akik. Ingtengahé saben rodha ana rodha menèh.17Rodha-rodha mau bisa mlaku ngenermenyang kéblat papat.18Wengkuné rodha-rodha mau padhakebak mata.19 Ing salakuné makluk-makluk kuwirodha mau mèlu ana ing sandhingé.Déné menawa makluk mau padhamumbul, rodha-rodha mau mèlumumbul.20Para makluk mau lunga menyangngendi waé sing dikarepaké, lanrodha-rodha mau ngetutaké, mergarodha-rodha kuwi dirèh déningmakluk-makluk mau.21Makluk-makluk kuwi mlaku apamandheg utawa mumbul ing langit,rodha-rodha mau tansah ngetutaké.

Page 1022: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 1.22–28 422Sandhuwuré sirahé para maklukmau kaya ana langit-langitan saka kacakristal sing mencorong mblerengi.23 Ing sangisoré langit-langitan maupara makluk padha ngadeg, ngegarakéswiwiné loro mendhuwur, pucuké swiwigathuk karo pucuké swiwiné maklukjèjèré, lan saben makluk nutupi awakénganggo swiwi loro liyané.24Aku krungu swarané swiwi yènmakluk mau padha mabur. Swaranékaya jumleguré segara, kaya tentaraakèh banget lagi baris, kaya swaranéAllah Kang Mahakwasa. Yèn lagi oramabur, swiwiné diingkupaké,25nanging isih keprungu swara sakasandhuwuré langit-langitan sing ana ingndhuwuré makluk-makluk mau.26Sandhuwuré langit-langitan anakaya dhampar permata manila, lansing lenggah ing kono rupané kayamanungsa.27Mencorong kaya swasa sing kaobongana ing geni, lan nyunaraké pepadhangsing gedhé banget,28 rupané kaya kluwung. Pepadhangsing ngédab-édabi mau nandhakaké yènPangéran ana ing kono.

Page 1023: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 2.1–6 5

21Weruh kaya ngono mau aku banjurngambruk ing lemah, sarta krungu

ana swara mengkéné, "Hé manungsasing apes, ngadega. Aku arep ngandikakaro kowé."2Sajroné isih ngandika, aku kaparinganRohé Pangéran, banjur ngadeg,lan krungu swara mau mbanjurakéngandikané,3 "Hé manungsa sing apes, kowéDakutus nemoni bangsa Israèl. Wong-wong kuwi padha nglawan Aku lan isihterus nglawan. Ora béda karo paraleluhuré.4Padha mangkotaké atiné lan orangurmati Aku. Mulané kowé Dakutusnglantaraké pangandika-Ku, PangéranKang Mahaluhur, marang wong-wongmau.5Déné arep nggugu karo kowé apa ora,sakarepé, sing prelu ngerti yèn Aku wisngutus nabi ana ing satengahé bangsakuwi.6Nanging kowé, hé manungsa singapes, aja wedi karo wong-wong mauutawa karo omongané. Kowé bakaldianggep najis lan dirèmèhaké; uripmubakal presasat ana ing satengahé

Page 1024: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 2.7–3.3 6

kalajengking. Éwasemono kowé aja wedikaro para pembrontak kuwi lan karotembungé.7Kandhakna karo wong-wong mausedhéngah prekara sing Dakdhawuhakémarang kowé, embuh dirungokaké apaora. Élinga yèn wong-wong mau kabèhsenengané nglawan.8Hé manungsa sing apes, rungoknapangandika-Ku! Kowé aja mbangkangkaya wong-wong kuwi. Mangapa lanpanganen apa sing Dakparingakémarang kowé."9Aku banjur ndeleng ana tangan singnyekel gulungan kitab diulungaké aku.10Tangan mau ngudhari kitabé, lan akuweruh gulungan mau ditulisi wolak-walik,isi kasusahan, pangresah lan pesambat.

31Pangandikané Pangéran mengkéné,"Hé manungsa sing apes, gulungan

kitab iki panganen, banjur budhala lanbangsa Israèl tuturana."2Aku banjur mangap, lan Panjenenganéngulungaké kitab gulungan mau supayadakpangan.3Pangandikané, "Hé manungsa singapes, kitab gulungan sing Dakparingakéiki panganen nganti wareg." Kitab

Page 1025: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 3.4–10 7

gulungan mau banjur dakpangan, rasanélegi kaya madu.4Gusti Allah banjur ngandika,"Hé manungsa sing apes, bangsaIsraèl paranana, banjur kandhananasedhéngah prekara sing Dakdhawuhakémarang kowé.5Kowé ora Dakutus marani bangsasing basané angèl kokngertèni, nangingnemoni bangsa Israèl.6Yèn kowé Dakutus marani bangsagedhé sing basané ora kokngertèni,bangsa mau bakal nggugu karokandhamu.7Nanging ora ana wong Israèl singbakal ngrungokaké kandhamu, malahAku piyambak ora digugu. Wong kabèhmau padha wangkal atiné lan senengnglawan.8Saiki atimu bakal Dakgawé wangkallan atos kaya wong-wong mau.9Atimu bakal Dakgawé teguh kayawatu karang lan atos kaya inten. Ajawedi karo bangsa sing nglawan kuwi."10Pangandikané Pangéran sabanjuré,"Hé manungsa sing apes, gatèknalan nitènana sadhéngah prekara singDakdhawuhaké marang kowé.

Page 1026: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 3.11–16 811Banjur lungaa marani sedulur-sedulurmu tunggal bangsa sing ana ingpembuwangan, lan kandhanana apasing Dakdhawuhaké marang wong-wongmau, ora preduli apa padha ngrungokakéapa ora. Mengkono dhawuhé Allah KangMahakwasa."12Aku banjur diangkat déning RohéAllah, sarta krungu ing mburiku anaswara gemuruh sora, pangucapé,"Pinujia kamulyané Pangéran ana ingswarga luhur!"13Aku krungu swara swiwiné paramakluk tempuk ing langit, sartagemlèdhègé rodha-rodha sing banterékaya lindhu.14Aku banjur katedhakan RohéPangéran sing ngwasani aku. Akudijunjung lan disingkiraké; aku banjurlunga karo ati mangkel lan jèngkèl.15Aku bali menyang Tèl Abib, ingpinggiring Kali Kebar, panggonanéwong buwangan lan ana ing kana akudheleg-dheleg pitung dina lawasé mergagumun karo sakèhing prekara singdakdeleng lan dakrungu.16Let pitung dina ana pangandikanéPangéran marang aku mengkéné,

Page 1027: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 3.17–21 917 "Hé manungsa sing apes, kowéDakdadèkaké penjagané bangsa Israèl.Kowé kudu nerusaké pepéling-pepélingsing Dakparingaké marang kowé.18Yèn Aku ngandika marang wongala, yèn bakal mati, mangka wong mauora kokélingaké supaya mratobat landislametaké, wong ala mau bakal matisaka dosané, nanging kowé iya bakalDakukum merga kowé njalari patinéwong mau.19Yèn wong ala mau wis kokélingaké,nanging ora marèni enggoné laku dosa,wong kuwi bakal mati merga sakadosané, nanging kowé dhéwé bakalslamet.20Yèn ana wong mursid ninggalkamursidané lan nglakoni piala, Akubakal nyèlèhaké watu sandhunganana ing ngarepé, wong kuwi yèn orakokélingaké mesthi bakal mati. Bakalmati merga saka dosané, lan Aku bakalora ngélingi kabecikané, nanging kowébakal Dakukum merga njalari patinéwong mau.21Nanging yèn kowé ngélingaké wongmursid supaya aja nglakoni dosa,mangka nggugu marang pituturmu

Page 1028: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 3.22–27 10

banjur marèni dosané, wong kuwi bakallestari urip, lan kowé dhéwé iya bakalslamet."22Aku banjur katedhakan RohingPangéran sarta krungu pangandikanémarang aku mengkéné, "Ngadega,lungaa menyang lembah. Aku bakalngandika marang kowé ana ing kono."23Aku banjur budhal menyang lembah.Ana ing kono aku ndeleng kamulyanéPangéran, kaya sing dakdeleng ingsapinggiré Kali Kebar. Aku banjurmengkureb ing lemah,24nanging Rohé Pangéran ngrasukaku lan nangèkaké aku menèh.Pangandikané Pangéran marang akumengkéné, "Kowé muliha, mlebua ingomah, nuli kancingen.25Ana ing kono kowé bakal dibandanganggo tali, nganti ora bisa lunga-lunganemoni wong akèh.26 Ilatmu bakal Dakgawé lumpuh,nganti kowé bakal ora bisa ngélingakéwong-wong sing padha nglawan.27Mbésuk yèn Aku ngandikan karokowé menèh, kowé bakal Dakgawé bisacaturan menèh, mula kowé bakal bisangandhan-ngandhani wong-wong kuwi

Page 1029: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 4.1–5 11

bab pangandika-Ku. Wong-wong mausawetara bakal ana sing nggugu, nangingliyané bakal padha ngrèmèhaké kowé,merga sabangsa kabèh kuwi tukangnglawan." Mengkono pangandikanéPangéran.

41Pangandikané Allah mengkéné, "Hémanungsa sing apes, njupuka bata,

sèlèha ing ngarepmu, lan nggambara ingbata mau kutha Yérusalèm.2Gambaran kutha mau lagi dikepung;kalèn-kalèné, punthuk-punthukanlemahé, papan kémah sakémahé pisan,apa déné piranti-piranti sing kanggondhobrak ing sakubengé témboké.3Nuli njupuka wajan wesi, sèlèhnaing antaramu karo gambar kutha mau.Kutha kuwi lagi dikepung, lan kowésing ngepung. Kuwi pretandha kanggobangsa Israèl.4Banjur turona miring ngiwa, lankaluputané Israèl bakal Dakbrukakékowé. Kowé bakal nyangga paukumanéIsraèl lawasé 390 dina. Pirang taunenggoné Israèl kaukum, iya semono dinaenggonmu nanggung paukumané.5 (4:4)

Page 1030: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 4.6–12 126Yèn kuwi wis koktindakaké, banjurturona miring nengen, nyanggapaukumané Yéhuda, lawasé patangpuluh dina. Sedina kanggo saben taunpaukuman sing Daktetepaké kanggoYéhuda.7Mripatmu mandenga Yérusalèm singdikepung mungsuh. Tanganmu kepelenlan athungna marang kutha mau karongramala.8Kowé bakal Dakbanda nganti kowéora bisa alihan, nganti genep dinapangepungé kutha kuwi.9Banjur njupuka gandum sair sawetara,jali, kacang, kapri, wijèn lan jewawut.Campuren dadèkna sawadhah, banjurgawénen roti. Kuwi kanggo panganmusajroné kowé turon miring ngiwa suwéné390 dina.10Saben dina kowé kena mangan roti230 gram, nganti tekan dina candhaké.11Kowé iya kena ngombé banyu, sedinamung rong cangkir.12Kowé kudu gawé geni nganggokotorané manungsa sing garing, rotimukudu kokbakar ana ing kono, lanpanganen ing panggonan sing kenadisawang déning saben wong."

Page 1031: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 4.13–17 1313Pangandikané Pangéran mengkéné,"Kuwi kanggo nggambaraké caranéwong Israèl mangan pangan najissamasa Dakbuwang ing satengahébangsa-bangsa."14Nanging aku munjuk, "DhuhPangéran, sampun ta mekaten, awitkawula dèrèng naté najisaken badankawula piyambak. Wiwit alit mila kawuladèrèng naté nedha daging kéwaningkang pejah margi sepuh utawiingkang kamangsa déning kéwan galak.Kawula dèrèng naté nedha tetedhaningkang kaanggep najis."15Pangéran banjur ngandika, "Yènmengkono kowé kena nganggo tléthongsapi gantiné kotoran manungsa. Rotimubakaren ana ing kono."16Pangandikané menèh, "Hé manungsasing apes, Aku bakal ngendhegpecawisan roti kanggo Yérusalèm.Wong-wong ing kutha kono bakal padhasemplah atiné lan karo prihatin enggonénaker pangan lan banyu sing diombé.17Wekasané bakal padha kekuranganpangan lan banyu, nganti bakal padhabingung lan mati ngenes merga sakadosané."

Page 1032: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 5.1–6 14

51Pangandikané Pangéran mengkéné,"Hé manungsa sing apes, njupuka

pedhang sing landhep, nuli cukurenjénggot lan rambutmu kabèh. Rambutmau timbangen, banjur dumen dadi telu.2Sapratelon obongen ana ing kuthasamasa pangepungé kutha wis rampung.Sapratelon menèh kethok-kethokennganggo pedhang karo mlaku-mlaku anaing sanjabané kutha. Sing sapratelonmenèh awut-awuten, supaya kaburkanginan, lan kuwi bakal Dakbabadnganggo pedhang.3Nyisihna rambut sethithik, buntelening poncoting jubahmu.4Banjur njupuka rambut sethithikmenèh, buwangen ing geni, karebènkobong kabèh. Saka ing kono bakal metugeni, sing ngobong wong Israèl kabèh."5Pangandikané Pangéran KangMahakwasa, "Sawangen kuthaYérusalèm. Kutha kuwi Dakpapanakéana ing satengahé bumi, dikubenginegara-negara liyané.6Nanging Yérusalèm wis nglawandhawuh-dhawuh-Ku, malah ngétokakéalané, ngungkuli pialané bangsa-bangsa sakubengé. Yérusalèm wis

Page 1033: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 5.7–11 15

nampik préntah lan suthik netepidhawuh-dhawuh-Ku.7Mulané, hé Yérusalèm, rungoknapangandika-Ku, Pangéran KangMahakwasa. Sarèhné kowé ora netepidhawuh-Ku lan suthik nglakoni préntah-Ku ngungkuli para bangsa liyané,malah kowé nganut adat-tatacaranébangsa-bangsa sakubengmu,8mulané Aku, Pangéran KangMahakwasa, bakal dadi mungsuhmu.Kowé bakal Daktibani paukuman ana ingngarepé bangsa-bangsa.9Merga saka penggawé-penggawénésing Daksengiti, Yérusalèm bakalDakukum nganggo paukuman singdurung tau Daktindakaké utawa sing orabakal Daktindakaké menèh.10Mula para wong tuwa ing Yérusalèmbakal padha mangan anaké dhéwélan anak bakal mangan wong tuwanédhéwé. Kowé bakal Dakukum lan singkari urip bakal Dakbuyaraké ing kéblatpapat.11Aku iki Allah kang gesang. Aku AllahKang Mahakwasa ngandika mengkéné,‘Sarèhné kowé wis padha gawé najiséPedaleman-Ku nganggo sakèhé déwamu

Page 1034: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 5.12–16 16

lan kanisthan sing koklakoni, kowé bakalDakrubuhaké. Aku bakal ora ngéman lanora bakal maringi kawelasan.12Saprateloné wongmu bakal matimerga saka pageblug lan kaliren anaing kutha. Sapratelon bakal mati déningpedhang ana ing sanjabané kutha.Sapratelon liyané bakal Dakawut-awutsumebar ing kéblat papat, sarta Dakoyaknganggo pedhang.’13Kowé bakal padha ngrasakaképaukuman-Ku sakatogé. Yèn kuwi maukabèh wis kelakon, kowé lagi bakal padhangerti, yèn Aku, Pangéran sing ngandikamarang kowé sajroning paukuman-Ku,saka bentèring penggalih-Ku mergaenggonmu laku sèdhèng.14Saben wong manca sing liwat bakalngala-ala lan ngedohi kowé.15Samasa Aku ngesokaké paukuman-Ku marang kowé, bangsa-bangsasakiwa-tengenmu saka girisé bakalpadha gemeter. Kowé bakal dianggepnajis lan dipoyoki déning para bangsa.16Panganmu bakal Dakcelet, ngantikowé bakal padha kaliren. Kaya landhepépanah sing nembus awakmu, mengkono

Page 1035: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 5.17–6.4 17

enggonmu ngrasakaké perihé wongkaliren.17Aku bakal nekakaké pacekliklan kéwan galak sing bakal matènianak-anakmu, semono uga nekakaképageblug, pangrodha-peksa lanperang sing matèni kowé. Mengkonopangandikané Pangéran."

61Pangéran ngandika mengkénémarang aku,

2 "Hé manungsa sing apes, ndelengagunung-gunungé Israèl lan ngramalaatas asma-Ku.3Gunung-gunung kuwi kandhananasupaya padha ngrungokaképangandikané Pangéran. Padhangrungokna apa sing Dakngandikakaké.Aku Allah Kang Mahakwasa ngandikamarang gunung-gunung, punthuk-punthuk, jurang-jurang lan lembah-lembah. Aku bakal nekakaké pedhangsing ngrusak panggonan-panggonansing dienggo wong Israèl nyembahbrahala.4Mesbèh-mesbèh bakal karubuhakélan padupan-padupan bakal karemuk.Wong-wong bakal dipatèni ana ingngarepé déwané.

Page 1036: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 6.5–9 185 Jisimé wong-wong Israèl maubakal Daksebar. Balung-balungé bakalDakawut-awut ing sakiwa-tengenémesbèh-mesbèhé.6Kutha-kuthané Israèl bakalDakgempur kabèh, nganti mesbèh-mesbèh lan recané ukir-ukiran padharemuk ajur-mumur. Panggonanéngobong dupa bakal dilebur, lan kabèhsing digawé déning tangané manungsabakal sirna.7Ana ing ngendi-endi bakal ana pepati,lan kekarèné sing urip bakal ngakoni yènAku iki Pangéran.8Ana wong sawetara sing bakal oncatsaka pati, lan kuwi bakal Dakbuwang ingantarané bangsa-bangsa,9 sarta urip ana ing pembuwangan.Wong-wong kuwi sing bakal élingmarang Aku lan ngerti yèn Aku piyambaksing ngukum lan sing ndadèkaké wirangéwong-wong mau, merga saka enggonéora setya marang Aku lan nyingkur Aku,malah padha nyembah brahala-brahala.Wong-wong mau wis gawé najis awakédhéwé merga saka piala lan nindakaképrekara-prekara sing nistha.

Page 1037: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 6.10–14 1910Wong-wong kuwi bakal ngakoni yènAku iki Pangéran lan pepéling-pepéling-Ku dudu tembung ngayawara."11Pangandikané Pangéran KangMahakwasa mengkéné, "Remet-remetentanganmu lan gedrug-gedrugna sikilmu!Nangisa, merga sedhih saka sakèhé pialalan penggawé najis sing ditindakakédéning wong Israèl. Wong-wong kuwibakal mati srana perang, paceklik lanpageblug.12Sing adoh bakal ketaman lelarabanjur mati, sing cedhak bakal matiing peprangan; kekarèné sing uripbakal mati kaliren. Kabèh bakal padhangrasakaké paukuman-Ku.13 Jisim-jisim bakal pating gléthak anaing sakiwa-tengené mesbèh-mesbèh,sumebar ana ing punthuk-punthuk, ingpucuké saben gunung, ing ngisoré sabenwit ngrembuyung lan papan ngendi waé,sing padha dienggo gawé kurban marangpara brahalané. Mula saben wong bakalngerti yèn Aku iki Pangéran.14Temenan, Aku bakal ngegarakéasta-Ku lan nggempur tanah iki, wiwitsaka segara wedhi ing sisih Kidultekan kutha Riblah ing sisih Lor tanpa

Page 1038: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 7.1–7 20

ngéman panggonan ing ngendi waésing dienggoni wong Israèl. Ngantisaben wong bakal ngakoni yèn Aku ikiPangéran."

71Pangandikané Pangéran marangaku mengkéné,

2 "Hé manungsa sing apes, Aku,Pangéran Kang Mahakwasa ngandikamarang wong Israèl mengkéné, ‘Wistekan akiré satanah Israèl kabèh!’"3 "Hé Israèl, kowé wis tekan ingwekasanmu! Kowé bakal ngrasakakéaboting paukuman-Ku, merga kowéDakukum timbang karo penggawému.Kowé bakal Dakwales timbang karopenggawému sing najis.4Aku bakal ora melasi kowé babar-pisan. Nanging sakèhé penggawémusing najis bakal Dakukum, nganti kowébakal ngerti yèn Aku iki Pangéran."5Mengkéné pangandikané PangéranKang Mahakwasa, "Kasangsaran bakalnekani kowé gilir-gumanti.6Wis rampung kabèh. Mengkéné ikiwekasané.7Kanggoné kowé wong sing padhamanggon ana ing tanah kéné wis tekanwektuné. Ora suwé menèh bakal ora ana

Page 1039: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 7.8–13 21

kraméan ana ing papan-papan kanggonyembah brahala, anané mung padhabingung.8Sedhéla menèh kowé bakalngrasakaké aboting paukuman-Ku.Kowé Dakadili miturut penggawému.Kowé bakal Dakwales manut sakèhépenggawému sing najis.9Kowé bakal ora Dakéman utawaDakwelasi. Kowé bakal Dakukum manutpenggawému sing najis, supaya kowéngerti yèn Aku iki Pangéran, singngukum kowé."10Dinaning kasangsaran kanggoIsraèl wis teka. Rerusuh kedadéanana ing ngendi-endi. Piangkuh tuwuhngambra-ambra.11Kekerasan nekakaké piala werna-werna. Barang-darbèké ora ana singkari, raja-branané, kaluhurané lankamulyané kabèh entèk.12Wis tekan wektuné. Wis tekan dinanédol-tinuku ora ana gunané, mergapaukumané Pangéran bakal nekanisaben wong tanpa mbédak-mbédakaké.13Para sudagar cendhak umuré,nganti wong mau mati sadurungé pulihbandhané, merga paukumané Pangéran

Page 1040: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 7.14–19 22

nekani saben wong. Wong ala bakal oralestari urip.14Slomprèté muni, lan saben wongpadha siap. Nanging bakal ora anawong sing mangkat perang, sebab Allahpiyambak sing bakal ngukum sabenwong, tanpa mbédak-mbédakaké, kabèhpadha.15 Ing sedalan-dalan ana perang, ingomah-omah ana lelara lan kekuranganpangan. Saben wong sing ngungsi metusaka negara padha mati kena pedhang,lan saben wong sing ana ing njero kuthapadha mati merga lara lan kaliren.16Ana sing padha ngungsi ingpegunungan, kaya manuk dara sing wediana ing tanah ngaré. Wong kabèh maubakal padha sesambat nggetuni dosané.17Tangané padha dadi lemes landhengkulé padha gemeter.18Wong padha nganggo bagor lankabèh padha wedi lan gemeter, sirahédigundhuli lan padha digawé wirang.19Emas lan slakané padha dibuwangiana ing dalan-dalan kaya uwuh. Mergaslaka lan emas ora bisa ngluwari wong-wong mau samasa Pangéran nekakaképaukumané. Ora kena kanggo nuruti

Page 1041: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 7.20–24 23

pepénginané utawa maregi wetengé.Emas lan slaka ndadèkaké sandhungansing njalari wong tumiba ing dosa.20Biyèn wong padha gemunggungmerga duwé raja-brana éndah akèh,nanging raja-brana mau padha digawéreca ukir-ukiran sing najis. Yakuwi singdadi jalarané wong-wong mau padhaditampik déning Pangéran.21Pangandikané Pangéran, "Aku bakalnekakaké bangsa-bangsa liya ngrampasbarang darbèké lan wong ala bakalnjarah-rayah raja-branané digawé najis.22Yèn Pasucèn-Ku sing aji kuwidisepèlèkaké ora bakal Dakalang-alangi,semono uga yèn dijarah-rayah landinajisaké.23Samubarang bakal semrawut. Tanahkono bakal kebak wong sing padhapatèn-patènan lan kutha-kutha bakalkebak panganiaya.24Bangsa-bangsa sing ala dhéwébakal Daktekakaké mréné ngenggoniomah-omahmu. Wong-wongmu singrosa dhéwé bakal ora wani menging,samasa bangsa-bangsa kapir padhanajisaké papan-papan sing kokenggongibadah.

Page 1042: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 7.25–8.2 2425Wong kabèh bakal padha semplahatiné, kowé bakal padha golèk slamet,nanging ora bakal olèh.26Cilaka gilir-gumanti bakal nekanikowé, mengkono uga pawarta ala bakalora pedhot-pedhot. Kowé bakal njalukpara nabi medharaké wahyu. Nangingimam-imam ora duwé piwulang, sartapara wong tuwa padha ora bisa awèhpamrayoga.27Ratu bakal nandhang sedhih, parapenggedhé bakal ora duwé pengarep-arep menèh, lan rakyat bakal gemetersaka wediné. Kowé bakal Dakukummerga sakèhé piala sing wis koklakoni,lan bakal Dakwales kaya tumindakmumarang wong liya. Kuwi supaya wongéngertia, yèn Aku iki Pangéran."

81Nalika enggonku ana ingpembuwangan nyandhak taun

kaping nem, dhèk mbeneri tanggallima sasi kaping nem, para pemimpinéwong buwangan ing Yéhuda padhalungguhan ing omahku. Dumadakan akukatedhakan Rohing Pangéran.2Aku tumenga banjur weruh wahyu.Katon ana priya, sing saka bangkèkanmengisor katon kaya geni, lan saka

Page 1043: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 8.3–6 25

bangkèkan mendhuwur mencorong kayaswasa sing digosok.3Priya mau ngangkat astané lannyandhak rambutku. Ana ing wahyu mauaku dijunjung déning Rohé Pangéraning awang-awang, digawa menyangYérusalèm, menyang Pedalemané Allah,metu gapura sing sisih Lor, banjur mlebuing Pedalemané Allah. Ing kono anarecané brahala, njijiki banget kanggonéPangéran.4Ana ing kono aku weruh pepadhanggedhé sing mblerengi mripat nandhakakéyèn Pangéran, Allahé Israèl ana ingpanggonan kono, kaya wahyu singdakdeleng nalika aku ana ing sapinggiréKali Kebar.5Gusti Allah banjur ngandika marangaku mengkéné, "Hé manungsa singapes, apa kowé ngerti lelakon iki?Delengen lelakon njijiki sing ditindakakédéning umat Israèl ana ing kéné, ngantiAku kepeksa ngedohi papan pasucèn-Ku!Kowé isih bakal ndeleng penggawénésing luwih nistha menèh ketimbang karokuwi."6 (8:5)

Page 1044: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 8.7–12 267Aku banjur kabekta menyanglawanging plataran lan ditedahi bolongansing ana ing témbok.8Pangandikané, "Hé manungsa singapes, mbrobosa ing bolongan kuwi." Akubanjur mbrobos, weruh ana lawang.9Pangandikané Pangéran, "Mlebua, landelengen penggawé nistha sing padhadilakoni ana ing kéné."10Aku mlebu lan ndeleng. Ing témbokana gambarané naga lan kéwan-kéwannajis liyané, mengkono uga aku weruhbarang-barang liyané sing disembahdéning wong Israèl.11 Ing panggonan kono ana wongngadeg 70, yakuwi para pemimpinéIsraèl, klebu Yaazanya bin Safan. Sabenwong nyekeli bokor padupan, singngetokaké kukus kumelun.12Pangandikané Pangéran, "Hémanungsa sing apes, apa kowé ngertising ditindakaké déning para pemimpinéumat Israèl dhéwé-dhéwé karosesidheman? Kabèh padha nyembahbrahala ana ing kamar sing kebak recaukir-ukiran. Alasané, ‘Pangéran rak oramirsani kita! Panjenengané wis nilartanah kéné.’"

Page 1045: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 8.13–17 2713Pangéran banjur ngandika mengkéné,"Kowé bakal ndeleng prekara sing luwihnjijiki menèh ketimbang karo kuwi."14Aku banjur dibekta menyanggapurané Pedalemané Allah sing sisihLor. Aku ditedahi wong wadon padhanangisi patiné Déwa Tamus.15Pangandikané Pangéran, "Hémanungsa sing apes, delengen kuwi?Kowé bakal ndeleng prekara-prekarasing luwih njijiki tinimbang kuwi."16Aku banjur dibekta menyangplatarané Pedalemané Allah sing njero.Ana ing sacedhaké lawangé SasanaSuci, ing antarané mesbèh lan dalansing kanggo liwat, ana wong 25 padhakumpul, ngungkuraké Sasana Suci,padha tumungkul sujud madhep ngétan,nyembah srengéngé sing lagi mlethèk.17Pangandikané Pangéran marangaku, "Hé wong sing apes, apa kowé wisndeleng kuwi? Wong Yéhuda ora maremyèn mung nindakaké penggawé nisthakaya sing kokdeleng ing kéné, karonglakoni panganiaya rata satanah kabèh.Ora, mulané padha mréné lan nglakonikanisthan mau ana ing Pedaleman-Ku,sarta njalari duka-Ku. Delengen enggoné

Page 1046: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 8.18–9.3 28

nyepèlèkaké marang Aku rak katogtemenan!18Mulané bakal padha ngrasakakéaboting paukuman-Ku. Ora bakalDakéman utawa Dakwelasi. Wong-wongmau bakal padha sesambat sakatogé,swarané sora, nanging Aku bakal oramiyarsakaké!"

91Aku banjur krungu Pangéranngandika sora mengkéné, "Mrénéa,

wong-wong sing bakal padha ngukumkutha iki. Padha nggawaa gegaman."2Sanalika ana wong lanang nem tekasaka gapura sing sisih Lor, saben wongnggawa gegaman. Wong-wong maudibarengi wong siji sing nganggo jubahléna nggawa piranti kanggo nulis. Wongmau kabèh banjur padha mlebu lanngadeg ing sacedhaké mesbèh prunggu.3 Ing kono pepadhangé Pangéran AllahéIsraèl sing mblerengi jumedhul sakapara makluk sing nganggo swiwi, mergapepadhang mau panggonané ana ingkono. Saka kono banjur mlebu ingPedalemané Allah. Pangéran banjurnimbali wong sing nganggo jubah léna,dingandikani mengkéné,

Page 1047: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 9.4–8 294 "Kowé mlakua ing satengahé kuthaYérusalèm. Saben wong sing sedhih lanprihatin merga sakèhé kanisthan singkelakon ana ing kutha kéné bathukéwènèhana tenger aksara T."5Marang wong-wong liyané aku krunguPangéran dhawuh, "Ngetutna wong kuwindlajahi kutha, matènana. Aja ana singkokéman, aja ana sing kokwelasi.6Wong tuwa, wong nonoman, prawan,ibu-ibu lan bocah-bocah, kabèhpatènana. Nanging sing nganggo tengeraksara T lan bathuké aja kokgepok.Wiwitana saka Pedalemané Allah kéné."Dadi sing dipatèni dhisik para pemimpinsing padha ngadeg ana ing PedalemanéAllah.7Pangandikané Pangéran, "PedalemanéAllah kuwi gawénen najis. Plataranékebakana jisim-jisim. Wis, tindakna!"Banjur padha wiwit matèni wong-wongsing ana ing kutha kono.8Nalika padha matèni wong-wong mauaku ana ing kono dhèwèkan. Aku banjursujud sumungkem karo matur sora,"Dhuh Pangéran, menapa semantenmulading duka Paduka, ngantos badhémejahi kekantunaning Israèl sedaya?"

Page 1048: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 9.9–10.3 309Wangsulané Pangéran, "Wong Israèllan Yéhuda padha gawé dosa singnjijiki banget. Padha gawé pepati ratasatanah kabèh lan Yérusalèm wis kebakpiala. Padha kandha, yèn tanah iki wisDaktinggal, mula Aku wis ora pirsa apasing padha dilakoni.10Mulané wong-wong kuwi bakal oraDakwelasi. Bakal padha Dakwales, kayaenggoné males wong liya."11Wong sing nganggo jubah lénateka lapur marang Pangéran, "DhawuhPaduka sampun kawula lampahi."

101Aku ndeleng kubah sing anaing sandhuwuré sirahé para

makluk sing padha nganggo swiwi. Ingndhuwuré kubah mau katon ana kayadhampar saka permata éndah.2Pangéran ngandika marang wong singnganggo jubah léna mau, "Kowé nlusupaing antarané rodha-rodha sing ana ingngisoré para makluk kuwi lan ngrakupamawa mengangah. Mawa kuwi sawurnaing sandhuwuré kutha." Aku ndelengwong mau nlusup.3Makluk sing nganggo swiwi padhangadeg ing sakidulé Pedalemané Allah,nalika wong mau nlusup ing antarané

Page 1049: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 10.4–9 31

rodha-rodha. Platarané PedalemanéAllah ketutupan ing méga.4Pepadhangé Pangéran sing mblerengibanjur njedhul saka para makluk, mlebuing Pedalemané Allah. Méga mau banjurngebaki Pedaleman, nganti plataranépadhang njingglang.5Swaraning swiwiné para maklukkeprungu nganti tekan ing plataransing njaba, kaya swarané Allah yèn lagingandika.6Wong sing nganggo jubah lénakadhawuhan déning Pangéran njupukgeni saka ing antarané rodha-rodha singana ing ngisoré para makluk. Wong maubanjur mlebu lan ngadeg ana ing sisihérodha.7Makluk siji njupuk nganggo tanganmawa mengangah sing ana ingsatengahé, didèkèkaké ana ing tanganéwong sing nganggo jubah léna mau.Sawisé mengkono wong mau banjurlunga.8Makluk-makluk kuwi ing ngisorswiwiné ana tangané, kaya tanganémanungsa.9Aku iya weruh ana rodha papat,kabèh padha, ing sisihé saben makluk

Page 1050: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 10.10–17 32

ana rodhané siji. Rodha-rodha maumencorong kaya permata sing aji, lansaben rodha ing tengahé ana rodhanémenèh sing marakaké rodha sing gedhébisa ménggak-ménggok.10 (10:9)11Para makluk mau bisa maju menyangngendi waé tanpa minger. Enggoné majubebarengan, sakarepé.12Badané sekojur, geger, tangan, swiwilan rodha-rodha, kabèh kebak mripat.13Rodha-rodha kuwi padha karo singdakdeleng ana ing wahyu sing kapisan.Sakrunguku rodha-rodha iku jenengé"rodha mubeng".14Saben makluk rainé papat. Rai singsiji rupa rai sapi lanang, sing kapindhorai manungsa, sing katelu rai singa, singkapat rai garudha.15 (Makluk-makluk kuwi padha karosing dakdeleng ana ing sapinggiré KaliKebar.) Samasa makluk-makluk maumumbul ing awang-awang lan16maju, rodha-rodhané mèlu kangkat.Yèn para makluk mau ngegaraké swiwinélan mabur, rodha-rodha mau iya katut.17Yèn para makluk mau mandheg,rodha-rodha mau mèlu mandheg.

Page 1051: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 10.18–22 33

Samasa para makluk mabur menèh,rodhané mèlu menèh, merga nyawanémakluk-makluk kuwi ana ing rodha-rodha mau.18Pepadhang mblerengi, singmbèbèraké kamulyané Pangéran banjurnilar lawanging Pedalemané Allah, balimenyang kubah sing ana ing sandhuwurépara makluk.19Para makluk mau banjur ngegarakéswiwiné lan mabur saka bumi, nggawarodha-rodhané. Nalika lungané, akuweruh dhéwé. Banjur padha mandhegana ing gapurané Pedalemané Allahsing sisih Wétan, lan padha kesorotanpepadhang mblerengi, sing mbèbèrakékamulyané Pangéran.20Makluk-makluk padha karo singdakdeleng ana ing sangandhapéPangéran Allahé Israèl, nalika aku anaing sapinggiré Kali Kebar.21Saben makluk rainé papat, swiwinépapat lan tangané papat, kaya tanganmanungsa, panggonané ana ingsangisoring swiwi.22Rai-rai mau cèples karo rai-rai singdakdeleng ana ing sapinggiring Kali

Page 1052: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 11.1–5 34

Kebar. Saben makluk lakuné kencengmanut enering adhepé.

111Aku banjur diangkat déningRohing Pangéran, kabekta

menyang gapuraning Pedalemané Allahsing ana ing sisih Wétan. Ing sacedhakégapura mau aku weruh ana wong lanangselawé, lan ing satengahé wong-wongmau aku weruh Yaazanya bin Azur lanPélaca bin Benayah; wong-wong kuwiklebu penggedhéné bangsa Israèl.2Pangandikané Pangéran marang akumengkéné, "Hé wong apes, wong-wongkuwi padha ngrancang arep gawé pialalan nyebar piwulang goroh ana ingkutha.3Pangucapé, ‘Sedhéla engkas kitabakal mbangun omah. Kutha iki presasatkuwali isi banyu umob, lan kita iki kayadaging sing lagi digodhog ana ing kuwalimau, nanging saora-orané kita orakebrongot geniné.’4Mulané medhara wangsit, wong-wongkuwi padha welèhna blak-blakan."5Aku banjur dikwaosi déning RohingPangéran, lan Pangéran paring dhawuhmengkéné, "Hé umat Israèl, Aku

Page 1053: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 11.6–11 35

ngerti sing kokucapaké lan apa singkokrancang.6Kowé wis matèni wong pirang-piranging kutha kéné, nganti dalan-dalanékebak mayit.7Mulané Aku, Pangéran Allah KangMahakwasa ngandika marang kowémengkéné: Kutha iki pancèn kuwalising banyuné umob, nanging dagingsing digodhog kuwi apa? Ora liyamayit-mayité wong sing kokpatèni! Dadi,iki dudu panggonanmu. Kowé bakalDakbuwang saka kutha iki!8Kowé rak wedi karo pedhang. Akubakal nekakaké wong sing padha nggawapedhang nyerang kowé.9Kowé bakal padha Dakulungaké ingtangané para wong manca. Kowé wispadha Dakukum pati,10 lan kowé bakal padha dipatèniing sajroning peprangan ing tanahmudhéwé. Nanging saben wong bakal ngertiyèn Aku iki Pangéran.11Kowé bakal ora olèh pengayoman ingkutha kéné, kaya kuwali sing ngayomidaging sing ana ing njeroné. Kowé bakalDakukum ana ing ngendi waé ing tanahIsraèl kéné.

Page 1054: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 11.12–16 3612Kowé bakal ngerti yèn Aku ikiPangéran, lan senajan kowé netepiprenatan-prenatané bangsa-bangsasakiwa-tengenmu, nanging kowé padhanglanggar préntah-Ku lan ora mbangun-turut karo dhawuh-dhawuh-Ku."13Sajroné aku isih medhar wangsit,Pélaca ambruk mati. Aku banjur sujudsumungkem ing bumi sarta njerit, "DhuhPangéran Ingkang Mahakwasa, menapaPaduka badhé mejahi sedaya tiyangIsraèl ingkang taksih kantun?"14Pangandikané Pangéran marang akumengkéné,15 "Hé wong apes, wong-wong ingYérusalèm lan wong-wong Israèl singpadha ora ana ing pembuwanganngrasani kowé, kandhané, ‘Wong singpadha ana ing pembuwangan kuwi wisadoh saka Pangéran. Dadiné tanah ikisaiki kaparingaké marang kita.’16Kanca-kancamu wong buwanganpadha kandhanana mengkéné, ‘Aku,Pangéran sing mbucal wong-wongkuwi Dakpapanaké ana ing antaranébangsa-bangsa sing adoh, mbuyarakéwong-wong mau ing negara-negara liya.Éwasemono Aku bakal ana ing tengahé.’

Page 1055: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 11.17–22 3717Banjur kandhanana yèn AkuPangéran Kang Mahakwasa ngandikamengkéné: Wong buwangan kuwi bakalDakklumpukaké saka tanah-tanahpanggonané para bangsa, papanpanggonané Daksebar, nuli bakal padhaDakparingi tanahé dhéwé menèh.18Sawisé padha ana ing tanahé dhéwéwong-wong mau kudu padha nyingkirakésakèhing déwané sing nistha sing anaing kana.19Wong-wong mau bakal Dakparingiati anyar lan bebudèn anyar. Atinésing wangkot lan atos kaya watubakal Dakpundhut, Dakparingi ati singmbangun-turut.20Mula wong-wong mau bakal netepidhawuh-Ku lan ngèstokaké sakèhéprenatan-Ku kanthi setya. Wong-wongkuwi bakal padha dadi umat-Ku lan Akubakal dadi Allahé.21Nanging sing padha seneng nyembahdéwa-déwa sing najis lan njijiki bakalDakukum timbang karo dosané."Mengkono pangandikané Pangéran.22Para makluk nuli padha mabur,rodha-rodhané padha katut cahyakamulyaning Pangéran ana kono.

Page 1056: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 11.23–12.3 3823Cahya mau sing ngetingalakékamulyané Pangéran banjur mumbulsaka satengahé kutha pindhah menyanggunung sing ana ing sawétané kuthamau.24Ana ing wahyu mau aku diangkatdéning Rohé Pangéran, kabekta menyangpanggonané wong buwangan ing Babilmenèh. Wahyu mau banjur ilang,25 lan aku banjur martakaké marangwong buwangan, sakèhé prekara singdiketingalaké déning Pangéran marangaku.

121Pangandikané Pangéran marangaku mengkéné,

2 "Hé wong apes, kowé manggon ingtanahé wong mbangkang. Padha duwémripat, nanging ora ndeleng. Padhaduwé kuping, nanging ora krungu,merga saka enggoné ndableg.3Wong apes, saiki kowé mbuntelanabarang-barangmu kaya sing lumrahédigawa déning wong buwangan, banjurmetua lan mlakua ing wayah surup,nganti saben wong weruh enggonmumlaku saka panggonan siji menyangpanggonan liyané, mula wong-wong singmbangkang mau iya padha weruh.

Page 1057: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 12.4–7 394Mumpung isih padhang, barang-barangmu buntelen kaya wong singarep boyongan, supaya padha weruhkowé lan weruh enggonmu lunga ingwayah soré, kaya wong sing arep digawamenyang pembuwangan.5Yèn wong-wong mau padhangawasaké kowé, témboké omahmubobolen lan buntelanmu brobosna metubolongan mau.6Wong-wong mau karebèn padhaweruh enggonmu manggul buntelanmu,lan metu ing petengan karo mripattutupan, mula kowé ora ngerti menyangendi paranmu. Apa sing koktindakakémau kabèh, kanggo pepéling tumrapéumat Israèl."7Apa sing kadhawuhaké déningPangéran mau banjur daklakoni. Ingdina kuwi aku mbunteli barang-barangsing arep dakgawa, kaya carané wongsing arep lunga ing pemboyongan.Bareng wis soré lan ngarepaké peteng,aku banjur mbobok témboké omahkunganggo tangan, nuli mbrobos metuing bolongan mau. Wong akèh padhandeleng enggonku manggul buntelankulan lunga saka kono.

Page 1058: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 12.8–13 408Ésuké Pangéran ngandika marang akumengkéné,9 "Hé wong apes, wong Israèl singnglawan kuwi bakal takon kowé babpenggawému sing mengkono mau.10Wangsulana, yèn Aku Pangéranbakal ngandika marang wong-wongmau. Pangandika iki katujokaké marangpara penggedhé sing ngerèh kuthaYérusalèm, lan kanggo wong kabèh singpadha manggon ana ing kono.11Kandhanana yèn apa singkoktindakaké kuwi dadi pretandhakanggo dhèwèké. Wong-wong mau bakalditawan lan dibuwang.12Para penggedhé sing ngerèh kuthakono bakal manggul buntelané ingwayah bengi, lan nrobos metu bolongantémbok, sing dibobol. Wong-wong kuwibakal nutupi mripaté nganti ora ngertimenyang endi parané.13Nanging Aku bakal masang jaring-Kukanggo nyegat. Sawisé mengkonowong-wong mau bakal Dakboyongmenyang Babil, lan ing kono bakal padhamati tanpa meruhi tanah endi singditekani mau.

Page 1059: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 12.14–19 4114Kabèh sing ana ing kedhaton kono,sarta para penaséhat lan para pengawalbakal padha Dakbuyaraké menyangkéblat papat. Wong-wong sing arepmatèni bakal padha nggolèki.15Yèn wis Dakbuyaraké ing antaranébangsa-bangsa manca, wong-wong maubakal ngerti yèn Aku iki Pangéran.16Aku bakal ngarèkaké sethithik singoncat saka peprangan, paceklik lanpageblug, mula ing tanah manca, ingsatengahé bangsa-bangsa mau bakalpadha ngerti sepira gedhéné kanisthansing wis ditindakaké, sarta bakal padhangakoni yèn Aku iki Pangéran."17Pangandikané Pangéran marang akumengkéné,18 "Hé wong apes, yèn kowé mangangemetera, lan ngombéa karo wèl-wèlan,merga saka giris.19Kandhakna karo umat Israèl kabèh,yèn Aku Pangéran, ngandika mengkénémarang wong sing isih padha manggoning Yérusalèm, ‘Kowé bakal padhamangan karo gemeter, lan enggonmungombé bakal karo wèl-wèlan sakawedimu. Tanahé bakal digundhuli, mergasaben wong sing manggon ing kono

Page 1060: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 12.20–25 42

padha tumindak sekarepé dhéwé, oramanut prenatan.20Kutha-kutha sing kebak wong maubakal katumpes, lan tanahé kadadèkakéara-ara samun. Nganti wong-wong maubakal ngerti yèn Aku iki Pangéran.’"21Pangandikané Pangéran marang akumengkéné,22 "Hé wong apes, yagéné wong Israèlbola-bali padha kandha mengkéné, ‘Wistekan wektuné, nanging prekara-prekarasing diramalaké durung kelakon.’23Saiki kandhakna pangandika-Ku,Pangéran Kang Mahakwasa, babunèn-unèn mau: ‘Bakal Dakilangi, mulaing tanah Israèl kéné bakal ora anawong sing ngucapaké prekara kuwi maumenèh.’ Malah kandhanana, ‘Wis tekanwektuné lan ramalan-ramalan bakalkelakon!’24 Ing satengahé bangsa Israèl bakalora ana wahyu apus-apusan utawaramalan sing nasaraké.25Aku, Pangéran Kang Mahakwasa,bakal ngandika karo bangsa iki. Orabakal Daksesuwé menèh. Sajroné kowéisih padha urip, hé sakèhé wong singnglawan, Aku bakal nekakaké paukuman

Page 1061: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 12.26–13.5 43

kaya sing biyèn wis Dakngandikakaké.Mengkono pangandikané Pangéran KangMahakwasa."26Dhawuhé Pangéran marang aku, "Hémanungsa sing apes, Israèl kandha yènwahyu lan ramalan kelakoné isih suwé.27 (12:26)28Mulané kandhakna marang wong-wong mau, yèn Gusti Allah ngandika:Apa sing Dakdhawuhaké mesthi kelakonora bakal diendhé-endhé."

131Pangandikané Pangéran marangaku mengkéné,

2 "Hé wong apes, medhara wangsitnglawan nabi-nabi ing Israèl sing gawéwangsit dhéwé. Kandhanana supayapadha ngrungokaké pangandikanéPangéran.3Mengkéné pangandikané Pangéran,‘Nabi-nabi gemblung kuwi bakal kaukum!Awit padha nuruti pangrasaning atinédhéwé lan ngothak-athik wahyu dhéwé.4Hé umat Israèl, nabi-nabimu kuwitanpa guna, kaya asu ajag sing manggonana ing satengahing gempuran kutha.5Nabi-nabi kuwi ora njaga bètèng singpadha bolong, lan padha ora ndandanitémbok-témbok, mula Israèl bakal ora

Page 1062: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 13.6–9 44

bisa nahan serangané mungsuh samasaketekan dina paukumané Pangéran.6Wahyuné wong-wong kuwi apus-apusan lan ramalané mau goroh. Padhakandha yèn Aku sing ngutus wong-wongmau, mangka nyatané ora. Senajanmengkono padha ngarep-arep ramalanémau kelakon!’7Aku ngandika mengkéné marangnabi-nabi mau, ‘Sing padha kokdelengkuwi rak wahyu apus-apusan, lanramalanmu kuwi rak goroh. Kowékandha-kandha yèn Aku sing ngandika,mangka Aku ora ngandika apa-apa karokowé!’"8Mengkéné pangandikané Pangéranmarang woh-woh mau, "Kabèhtembungmu kuwi goroh, lan wahyu-wahyumu kuwi apus-apusan. Mulanékowé Daklawan.9Kowé bakal Dakukum, hé nabi-nabising ngothak-athik wahyu apus-apusanlan gawé ramalan-ramalan goroh. Kowéora bakal mèlu ana ing kumpulanéumat-Ku samasa padha gawé putusan,lan jenengmu bakal ora klebu ing daftarépenduduk ing Israèl. Kowé ora bakal balimenyang tanahmu menèh. Mulané kowé

Page 1063: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 13.10–14 45

bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran KangMahakwasa.10Para nabi mau nggorohi umat-Kumerga kandha yèn kabèh wis bèrès.Mangka satemené kabèh ora bèrès.Umat-Ku ngedegaké témbok nganggowatu sing mung ditumpuk-tumpuk.Banjur para nabiné teka, nglaburtémboké nganggo gamping.11Nabi-nabi kuwi kandhanana yèntémbok mau bakal rubuh. Aku bakalnekakaké udan deres, semono uga udanès lan angin gedhé, bakal Daksentorakéana ing témbok mau.12Témbok mau nganti bakal rubuh lansaben wong bakal takon karo kowé apagunané gamping sing kokgawé nglaburtémbok mau."13Mengkéné pangandikané Pangéranmarang aku, "Sajroning bentèrépenggalih-Ku Aku bakal nekakaké angingedhé, udan deres lan udan ès kanggongrubuhaké témboké.14Témbok sing dilabur mau bakalDakrubuhaké lan Dakobrak-abrik ngantipondhasiné padha katon. Témboké bakalambruk lan ngebruki kowé kabèh nganti

Page 1064: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 13.15–18 46

mati. Mula saben wong bakal ngerti yènAku iki Pangéran.15Témbok lan wong sing nglaburtémbok nganggo gamping mau bakalngrasakaké duka-Ku. Lan Aku bakalngandika marang kowé, ‘Wis sirnatémboké, wis sirna wong sing padhanglabur.’16Mengkono mau bakal kedadéanépara nabi sing kandha, ‘Kabèh wis bèrès’,mangka sejatiné kabèh ora bèrès."Mengkono pangandikané Pangéran KangMahakwasa.17Pangandikané Pangéran mengkéné,"Hé wong apes, delengen para wongwadon ing antaramu sing padha medharwangsit. Wong-wong kuwi élikna18 lan kandhanana apa singdingandikakaké déning PangéranKang Mahakwasa kanggo wong-wongmau: ‘Hé para dhukun wadon, kowébakal diukum. Saben wong ugel-ugelékoktalèni nganggo jimat, lan sirahéwong kabèh kokenggoni kudhung,kanggo nelukaké wong liya. Kowé arepngwasani pati lan uripé umat-Ku kanggokepentinganmu dhéwé.

Page 1065: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 13.19–22 4719Srana mengkono kowé ngrèmèhakéAku ana ing ngarepé umat-Ku supayakowé nampa opah jali segegem lanroti sawetara. Kowé matèni wong singdurung wektuné mati, lan nglestarèkakéwong padha urip sing mesthiné orapatut urip. Kowé ngapusi umat-Ku, lanwong-wong mau padha ngandel karokowé.’"20Pangandikané Pangéran KangMahakwasa mengkéné, "Aku sengit karotali jimat sing kokenggo ngwasani uriplan patiné wong. Kuwi bakal Dakrebatsaka tanganmu, lan wong-wong singkokkwasani bakal Dakluwari.21Krudhung-krudhungmu bakalDaksuwèk-suwèk lan umat-Ku bakalDakuwalaké saka pangwasamu ingselawas-lawasé. Lan kowé bakal ngertiyèn Aku iki Pangéran.22Wong becik padha kokgawé cilik atinésrana apus-apusanmu, mangka Aku orategel yèn wong-wong kuwi nemu cilaka.Wong ala ora kokcegah gawé piala lanora kokkon mratobat, mangka wongkaya mengkono mau koklestarèkakéurip.

Page 1066: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 13.23–14.6 4823Mulané wahyu-wahyumu sing gorohlan ramalan sing mung apus-apusankuwi bakal Daksirnakaké. Umat-Ku bakalDakluwari saka pangwasamu, lan kowébakal ngerti yèn Aku iki Pangéran."

141Ana pemimpiné Israèl maraniaku takon bab kersané Pangéran.

2Pangéran banjur ngandika marangaku mengkéné,3 "Hé wong apes, wong-wong kuwi ingbatiné padha nyembah brahala, mulapadha nglakoni dosa. Wong sing kayamengkono apa pantes padha nyuwuntulung karo Aku?4Wangsulana lan kandhakna apa singDakngandikakaké marang wong-wongmau, ‘Saben wong Israèl sing ingbatiné nyembah brahala, padha gawédosa, banjur takon marang nabi, bakalDakparingi wangsulan sing panteskanggoné wong sing akèh brahalané.5Brahala-brahala mau sing njalariwong Israèl nyingkur Aku; muga-mugasrana wangsulan-Ku wong Israèl dadingetutburi Aku menèh.’6Saiki wong Israèl kandhanana yèn Akudhawuh mengkéné, ‘Padha mratobata

Page 1067: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 14.7–12 49

lan tinggalen brahala-brahalamu sartapenggawému sing nistha.’7Samasa ana wong Israèl utawa wongmanca sing manggon ana ing satengahébangsa Israèl nyingkur Aku lan nyembahbrahala-brahala, mangka banjur takonmarang nabi, Aku Pangéran KangMahakwasa bakal paring wangsulan!8Wong kuwi bakal Daklawan, wongmau bakal Dakgawé tandha kanggowong kabèh, bakal Daksirnakaké sakaantarané umat-Ku, supaya kowé ngertiyèn Aku iki Pangéran.9Yèn nabi mau nganti kena dibujuk lanawèh wangsulan manut karepé dhéwé,Aku bakal nasaraké wong mau. Nabimau bakal Daksirnakaké saka satengahéumat-Ku.10Karo-karoné, nabi lan wong singtakon ukumané padha aboté.11Kuwi kabèh supaya umat Israèlaja padha nyingkur Aku menèh, sartanglakoni dosa lan najisaké awaké,supaya bakal dadi umat-Ku lan Akudadi Allahé." Mengkono pangandikanéPangéran.12Pangandikané Pangéran marang akumengkéné, "Hé wong apes,

Page 1068: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 14.13–17 5013yèn ana bangsa sing nglakonidosa lan nyingkur marang Aku, Akubakal ngacungaké asta-Ku lan ngrusaksedhiyané pangané. Aku bakal nekakaképaceklik lan pepati kanggo manungsalan kéwan.14Senajana Nuh, Dhanièl lan Ayubpadha manggon ana ing kéné,kamursidané wong-wong mau bakalmung bisa nylametaké awaké dhéwé.Mengkono pangandikané Pangéran.15Utawa Aku bakal nekakaké kéwangalak supaya mangsa wong sing padhamanggon ing kéné, nganti tanah kénédadi sepi mamring, nganti ora ana wongsing wani liwat.16Senajana wong telu mau padhamanggon ing tanah kono, demi asma-Ku, wong-wong mau ora bakal bisanylametaké, senajan anaké dhéwépisan. Bakal mung bisa nylametakéawaké dhéwé, lan tanah iki bakal dadiara-ara samun.17Utawa Aku bakal nekakaké perangana ing tanah kéné lan kirim gegamanampuh kanggo nyirnakaké manungsalan kéwan.

Page 1069: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 14.18–22 5118Senajan wong telu mau padhamanggon ing tanah kéné, demi AkuPangéran Kang Mahakwasa, wong-wongmau ora bakal padha bisa nylametaké,senajan anaké dhéwé pisan; bisanémung nylametaké awaké dhéwé.19Utawa Aku bakal nekakaké pageblugana ing tanah kono, nganti matèni wongakèh, manungsa lan kéwan pisan,20mangka Nuh, Dhanièl lan Ayub padhamanggon ana ing kono, demi asma-Kukang gesang, wong-wong kuwi ora bakalbisa nylametaké, senajan anaké dhéwépisan. Kamursidané bakal mung bisanylametaké uripé dhéwé."21Mengkéné dhawuhé Pangéran KangMahakwasa, "Aku bakal nekakaképaukuman-Ku patang rupa sing abotdhéwé marang Yérusalèm, yakuwiperang, paceklik, kéwan galak lanpageblug kanggo matèni manungsa lankéwan pisan.22Yèn ana sing oncat lan bisanylametaké anak-anaké, bakal padhanemoni kowé. Delengen sepira gedhénépialané, nganti kowé yakin, yènpaukuman sing Daktekakaké mau wissamesthiné.

Page 1070: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 14.23–15.7 5223Kowé bakal ngerti yèn apa singDaktindakaké kuwi adil. Mengkonopangandikané Pangéran KangMahakwasa."

151Pangandikané Pangéran marangaku mengkéné,

2 "Hé wong apes, apa kaluwihané witanggur yèn katandhing karo wit liya?3Apa kayuné kena dienggo gawédandanan, utawa kanggo gawécanthèlan kanggo nyanthèlaké barang-barang?4Apa ora mung becik kanggo dadèngeni. Yèn bongkot lan pucuké wis kobongentèk mangka sing tengah geseng, kenadipèk gawéné apa?5Rak wis ora ana gawéné, senajandurung diobong. Mangka sawisé kobonglan geseng saya olèhé ora kanggonggawé!"6Mengkéné pangandikané PangéranKang Mahakwasa, "Kaya wit anggursing dijupuk saka alas banjur kaobong,kaya mengkono Aku bakal mundhutwong-wong ing Yérusalèm,7 sing bakal Dakukum. Wis oncat sakageni sing siji, saiki bakal kaobong inggeni sijiné. Mengkono enggon-Ku bakal

Page 1071: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 15.8–16.6 53

ngukum wong-wong mau, supaya kowéngerti yèn Aku iki Pangéran.8Sarèhné ora setya marang Aku,mulané tanah iki bakal Dakdadèkakéara-ara samun. Mengkono pangandikanéPangéran Kang Mahakwasa."

161Pangandikané Pangéran marangaku mengkéné,

2 "Hé wong apes, tuduhna marangYérusalèm penggawé-penggawéné singnistha."3Kandhakna apa sing dingandikakakédéning Pangéran marang wong-wongkuwi, "Kowé padha kalairaké ana ingtanah Kenaan. Bapakmu wong Amori lanbiyungmu wong Hèti.4Nalika kowé lair ora ana sing ngethoktali pusermu utawa ngedusi kowé utawanggosok kowé nganggo uyah utawanggedhong kowé nganggo popok.5Ora ana wong sing mesakaké karokowé lan gelem ngupakara kowékaya mengkono. Nalika kowé lair oraana wong sing nresnani kowé. Kowédibuwang ana ing ara-ara.6Nalika Aku tindak langkung ing konoAku pirsa enggonmu kroncalan karo

Page 1072: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 16.7–12 54

kebak getih. Senajan kowé gubras getihAku ora négakaké kowé mati.7Kowé Dakgawé urip kaya tanduransing seger. Kowé dadi gedhé lan rosa,dadi prawan. Payudaramu nengsemaké,rambutmu dadi dawa, nanging kowéwuda blejed.8Bareng Aku liwat ing kono menèh,Daksawang-sawang wis tekan wektunékowé birai. Awakmu banjur Dakkemulinganggo ageman-Ku lan Aku janjiyèn kowé bakal Dakpundhut garwa.Aku gawé prejanjian nikah karokowé, lan kowé nuli dadi garwa-Ku.Mengkono pangandikané Pangéran KangMahakwasa.9Kowé banjur Dakedusi nganggobanyu, getihmu Dakresiki lan kulitmuDakborèhi nganggo lenga zaitun.10Kowé banjur Dakenggoni sandhanganbordiran lan sandhal kulit sing becikdhéwé, kudhung sirah saka léna alus,lan sléndhang sutra.11Kowé uga Dakenggoni hiasanpermata, gelang lan kalung,12ali-ali irung, anting-anting lancundhuk mentul.

Page 1073: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 16.13–18 5513Kowé nganggo hiasan emas lan slakalan selawasé nganggo léna alus réndanlan sutra. Panganmu roti kagawé sakaglepung gandum sing becik dhéwé,kokpangan karo madu lan lenga zaitun.Rupamu ayu banget, kowé presasat ratu.14Kowé kondhang ing antarané parabangsa, merga saka ayumu, sebabAku piyambak sing ndadèkaké kowéayu banget. Mengkono pangandikanéPangéran."15 "Nanging kowé ngendelakékaéndahaning rupamu, banjur dadisundel, awor turu karo angger wong singliwat.16Sandhanganmu ana sing kokjupukkokpasang ing panggonanmu nyembahbrahala. Lan presis kaya carané sundel,kowé ngedol awakmu marang anggerwong.17Hiasan slaka lan emas paringan-Kukokenggo gawé reca lanang, sing banjurkokajak nyundel.18Sandhanganmu mori alus réndansaka Aku, kokenggokaké reca mau.Kowé banjur ngobong dupa karo gawékurban lenga zaitun paringan-Ku.

Page 1074: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 16.19–25 5619Kowé Dakparingi pangan gandum,lenga zaitun lan madu, nangingpeparing-Ku mau kokenggo gawé kurbansupaya kowé olèh sihé brahala-brahala."Mengkono pangandikané Pangéran.20 "Sawisé mengkono kowé banjurnjupuk anakmu lanang lan wadonpeparing-Ku, kokgawé kurban marangbrahala-brahala. Apa tindakmu singnistha mau durung cukup,21déné kowé iya banjur nyembelèhpara putra-Ku, kokgawé kurban obongankanggo brahala-brahala mau?22Sajroné nindakaké penggawému singnistha dadi sundel kowé ora tau ngélinginalika enommu, yakuwi nalika kowé isihwuda blejed lan kroncalan gubras getih."23Pangéran Kang Mahakwasa ngandikamengkéné marang aku kanggoYérusalèm, "Cilaka kowé, cilaka! Kowéwis nglakoni sakèhé kanisthan mau,banjur24gawé panggonan panyembahingbrahala lan nyundel ana ing pinggir-pinggir dalan.25Nganggo cara mengkono kowényèrèd éndahing rupamu ana inglendhut. Kowé nawakaké awakmu

Page 1075: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 16.26–30 57

marang angger wong sing liwat, lansaben dina saya banget enggonmunyundel.26Tangga-tanggamu wong Mesir singgedhé nepsuné kokajak turu bareng, lansrana tumindakmu mau gawé gerahingpenggalih-Ku.27Saiki asta-Ku Dakacungaké mergakowé bakal Dakukum. Sakèhé peparing-Ku bakal Dakpundhut bali saka kowé.Kowé wis Dakulungaké ing tanganéwong Filistin sing sengit karo kowé, singrumangsa jijik ndeleng pratingkahmusing nistha mau.28Sarèhné ora marem karo brahala siji,kowé banjur mlayoni wong Asyur. Kowébanjur nyundel karo déwané wong Asyurmau. Nanging kowé iya ora maremmenèh.29Mulané kowé banjur nyundel karopara déwané wong Babil, bangsa singlaku dagang, nanging karo kuwi kowéiya ora marem."30Mengkéné pangandikané PangéranKang Mahakwasa, "Penggawému kuwikabèh kaya carané sundel sing ora idhepisin.

Page 1076: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 16.31–36 5831Ana ing saben dalan kowé ngedegaképanggonan kanggo nyembah brahala,lan kowé banjur nyundel ana ing kono.Kowé ora mburu dhuwit kaya lumrahésundel.32Kowé kaya wong wadon sing senengényundel karo wong liya, ketimbang karonresnani bojoné dhéwé.33Sundel mono niyat golèk opah,nanging kowé nyundel ora njalukbayaran, malah ngulemi angger wongsaka ngendi waé kokajak turu karokowé.34Kowé pancèn sundel istiméwa. Oraana sing meksa kowé dadi sundel.Kowé ora nampa opah, malah kowésing ngopahi wong sing nyundel karokowé. Kowé pancèn ora padha karosundel-sundel liyané!"35Mulané, Yérusalèm, hé sundel,rungokna pangandikané Pangéranmarang kowé,36 "Ing sarèhné kowé wis nyopotisandhanganmu lan kaya sundel singngedol awakmu dhéwé marang anggerwong lan marang brahala-brahalasing njijiki, sarta wis matèni anak-

Page 1077: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 16.37–41 59

anakmu kokenggo kurban marangdéwa-déwamu,37mulané Aku bakal nglumpukakétilas dhemenanmu, ya sing kokdhemenilan sing koksengiti. Kuwi kabèh bakalDaktekakaké ngepung kowé. Sawisémengkono kowé bakal Dakwudani,supaya wong mau kabèh weruh kowéwuda blejed.38Kowé bakal Dakukum mergaenggonmu nyembah brahala lan mergaenggonmu matèni anak-anakmu. Kowébakal Dakukum pati sajroning duka-Ku.39Kowé bakal Dakulungaké ingpangwasané wong-wong mau, lanwong-wong mau bakal nggempurpanggonan-panggonan sing kokenggonyundel lan nyembah marang brahala-brahala. Sandhanganmu bakal dijupuki,semono uga hiasanmu, lan sawisédiblèjèdi kowé bakal ditinggal lunga.40Sawisé mengkono banjur bakal padhangojok-ojoki wong supaya mbenturikowé nganggo watu. Awakmu bakaldiiris-iris nganggo pedhang.41Omah-omahmu bakal diobongtapis, sarta para wong wadon bakaldiklumpukaké ndeleng enggonmu

Page 1078: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 16.42–46 60

diukum. Nganggo cara mengkonoenggon-Ku bakal nglèrèni penggawémusing nistha lan opahé kanisthanmu bakalora kokwènèhaké menèh.42Mula duka-Ku bakal lilih lanpenggalih-Ku lerem menèh. Aku bakalora duka lan ora cemburu menèh.43Kowé wis lali enggon-Ku ngrumatikowé dhèk isih cilik, lan ndadèkakéduka-Ku srana penggawé-penggawémusing nistha. Kuwi sing marakaké kowéDakwales. Yagéné kowé ora mungnindakaké prekara sing nistha, nanginguga nyundel? Mengkono pangandikanéPangéran."44Pangandikané Pangéran mengkéné,"Wong bakal ngunèni kowé, Yérusalèm:‘Biyungé mengkono, anaké wadon yamengkono.’45Kowé pancèn plek kaya biyungmu.Biyungmu ninggal bojo lan anak-anaké.Kowé kaya mbakyu-mbakyumu, singsengit marang bojoné lan anak-anaké.Kowé lan mbakyu-mbakyumu sakuthakuwi biyungé wong Hèti lan bapaknéwong Amori.46Mbakyumu mbarep Samaria, ing sisihLor, sing padha manggon ing désa-désa.

Page 1079: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 16.47–51 61

Adhimu ragil sing padha manggon ingdésa-désa kuwi Sodom, ing sisih Kidul.47Apa maksudmu arep niru kelakuanésedulur-sedulurmu lan niru penggawénésing njijiki? Ora, senajan enggonmunglakoni kanisthan lagi sedhéla,éwasemono pialamu ing sedhéngahprekara wis ngungkuli kanisthanésedulur-sedulurmu kabèh.48Demi Aku kang gesang, mengkonopangandikané Allah, sedulur Sodomlan désa-désa ing sakubengé durungtau nglakoni piala kaya sing koklakoni,semono uga désa-désa ing sakubengékéné.49Wong-wong mau lan anak-anakéwadon padha marem merga padhamubra-mubru lan uripé ayem-tentrem.Mung padha ora maèlu karo wong miskinlan sing padha kecingkrangan.50Padha angkuh lan wangkot atinésarta nglakoni prekara-prekarasing Daksengiti. Mulané kaya singkoksumurupi, padha Daktumpes.51Dosané Samaria kuwi ora anaseparoné dosamu. Penggawémusing njijiki ngungkuli Samaria. Yènkatandhing karo kebobrokanmu,

Page 1080: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 16.52–57 62

sedulur-sedulurmu wadon mau katonkaya wong sing ora kaluputan.52Nanging saiki kowé kudu mikulkanisthanmu. Dosa-dosamu semonogedhéné, mula yèn katandhing karosedulur-sedulurmu, dosané sedulur-sedulurmu kuwi presasat dudu apa-apa.Mulané isina lan rasakna wirangmu,merga yèn jèjèr karo kowé sedulur-sedulurmu mau katon ora duwékaluputan."53Pangandikané Pangéran kanggoYérusalèm mengkéné, "Sodom landésa-désané, semono uga Samaria landésa-désané bakal Dakgawé makmurmenèh. Kowé uga bakal kerta-raharja.54Kowé bakal isin karo awakmu dhéwé,lan wirangmu bakal ngungkuli parasedulurmu wadon.55Sedulurmu bakal makmur menèh,semono uga kowé lan désa-désamu.56Nalika kowé rumangsa begja, Sodomkokpoyoki,57yakuwi sadurungé pialamu konangan.Nanging saiki kaananmu ora béda karowong-wong mau. Saiki kowé dadipoyokané wong Édom, wong Filistin lan

Page 1081: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 16.58–63 63

tangga-tanggamu liyané, sing padhasengit karo kowé.58Saiki kowé kudu mikul kanisthanenggonmu nyundel lan penggawémunjijiki liya-liyané sing wis koklakoni.Mengkono pangandikané Pangéran."59Pangandikané Pangéran Allahmengkéné, "Aku bakal males kowétimbang karo sing koklakoni, mergakowé nganggep sepi prejanjianmu karoAku, malah wis koklanggar.60Nanging Aku bakal netepi prejanjiansing Dakgawé karo kowé, nalika kowéisih nom. Lan Aku bakal gawé prejanjianlanggeng karo kowé.61Kowé bakal kèlingan karopenggawému lan bakal isin yènketemu menèh karo mbakyumulan adhimu wadon. Prejanjian maubakal Dakdadèkaké kaya adhimuwadon, senajan iki ora klebu ana ingprejanjian-Ku karo kowé.62Prejanjian-Ku karo kowé bakalDakanyaraké, lan kowé bakal ngerti yènAku iki Pangéran Allah.63Sakèhé dosamu bakal Dakapura,nanging kowé bakal tansah kèlinganlan krasa isin nganti ora wani kandha

Page 1082: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 17.1–6 64

apa-apa. Mengkono pangandikanéPangéran."

171Pangandikané Pangéran marangaku mengkéné,

2 "Hé wong apes, wong Israèl padhacritanana pasemon,3 supaya ngerti apa sing arepDakngandikakaké marang wong-wongmau. Aku, Pangéran Allah ngandikamengkéné, ‘Ana manuk garudha gedhébanget. Wuluné éndah lan swiwiné yènmegar amba banget. Manuk garudhamau mabur menyang pegununganLibanon, nyoklèk pucuké wit èrès,4digawa mabur menyang sawijiningnegarané wong dagang, didokokaké anaing kuthané.5Garudha mau iya njupuk tanduran isihnom saka tanah Israèl, banjur ditandurana ing palemahan sing subur, sing akèhbanyuné, supaya bisa tuwuh.6Tanduran mau tuwuh, banjur dadi witanggur sing cendhèk lan ngrembuyungmrambat mrana-mréné. Pang-pangémrambat munggah marani manukgarudha, lan oyodé tumancep jero anaing lemah. Anggur mau kebak godhonglan pang.’

Page 1083: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 17.7–11 657Banjur ana manuk garudha liyané,iya gedhé banget, swiwiné amba bangetlan wuluné éndah. Anggur mau ugabanjur mrambat marani garudha, kanthipengarep-arep supaya olèh banyu luwihakèh ketimbang karo sing ana ingpalemahan sing dienggoni.8Nanging anggur mau wis ditandur anaing palemahan sing subur, sing akèhbanyuné, mula anggur mau bakal bisatuwuh lan metokaké anggur akèh singbecik-becik.9Saiki Aku, Pangéran Allah, mundhutpirsa, ‘Apa anggur kuwi bakal tuwuhlan lestari urip? Apa garudha singkapisan mau ora bakal mbedhol anggurmau saoyod-oyodé, nugeli pang-pangénganti anggur mau banjur matigaring? Kanggoné bangsa sing gedhépangwasané rak mung prekara sepéléyèn arep mbedhol wit anggur mau.10Pancèn anggur mau ditandur, nangingapa bakal tuwuh lan lestari urip? Apa orabakal alum samasa keterak angin sakaWétan? Apa bakal ora garing sanalika?’"11Pangandikané Pangéran marang akumengkéné,

Page 1084: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 17.12–16 6612 "Takona karo para wong mbangkangkuwi, apa ngerti tegesé pasemon mau?Kandhanana yèn raja ing Babil bakalteka ing Yérusalèm lan nawan SangPrabu sarta para pegawéné kagawamenyang tanah Babil.13Raja Babil mau bakal milih warganékraton salah siji, banjur gawé prejanjiankaro Raja Babil mau, dikon sumpahsetya marang Babil. Para penggedhésing penting bakal dienggo jaminan,14 supaya bangsa mau ora brontakmenèh, lan iya kanggo jaminan yènprejanjian mau bakal ditetepi.15Nanging raja Yéhuda nglawan lankirim utusan menyang tanah Mesirsupaya olèh jaran lan tentara akèh.Apa bakal olèh gawé? Apa kekarepanésing mengkono mau bisa kelakon? Yèndhèwèké nerak prejanjiané apa ora bakaldiukum?16Demi Aku, Allah kang gesang,mengkono pangandikané PangéranAllah, raja iki bakal mati ana ing tanahBabil merga wis nerak sumpahé lanprejanjian sing digawé karo raja Babil,sing ndadèkaké dhèwèké dadi raja.

Page 1085: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 17.17–22 6717Dalah raja ing Mesir karo tentaranésing ampuh pisan bakal ora bisamitulungi, samasa wong Babil tekagawé tanggul lan ndhudhuk kalèn-kalènkanggo matèni wong akèh.18Raja mau wis nglanggar sumpahé lannerak prejanjiané. Sarèhné wis nglakonising mengkono mau, saiki bakal ora bisaoncat."19Pangandikané Pangéran Allahmengkéné, "Demi Aku Allah kanggesang, raja mau bakal Dakukum mergawis nerak prejanjian sing dikuwatakénganggo sumpah ana ing ngarsa-Ku.20Aku bakal masang kala jiret lannyekel wong mau. Bakal Dakgawamenyang tanah Babil lan ana ing kanabakal Dakukum, merga wong kuwi orasetya marang Aku.21Prejurité sing peng-pengan dhéwébakal mati ana ing peprangan, lankekarèné sing urip bakal Dakbuyarakéing kéblat papat, nganti kowé bakalngerti yèn Aku iki Pangéran Allah.Mengkono pangandikané Pangéran."22Pangandikané Pangéran Allahmengkéné, "Aku bakal nyempal pucukéwit èrès lan nugel pang sing lagi trubus.

Page 1086: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 17.23–18.3 68

Bakal Daktandur ana ing gunung singdhuwur.23Gunungé Israèl sing dhuwur dhéwé.Tanduran mau bakal metokaké panglan wiji, lan dadi wit èrès sing gedhépaédahé. Manuk-manuk rupa-rupabakal nusuh ana ing kono, sartaolèh pangéyuban ana ing sangisoringpang-pangé.24Sakèhé wit sing ana ing tanah konobakal ngerti yèn Aku iki Pangéran.Aku sing negor wit-wit gedhé, lanndadèkaké wit-wit sing cilik dadigedhé. Wit sing ijo royo-royo Dakgawéalum, lan wit alum Dakdadèkaké ijoroyo-royo. Aku Pangéran sing ngandikamengkono. Aku bakal nindakaké apasing Dakdhawuhaké."

181Pangandikané Pangéran marangaku mengkéné,

2 "Yagéné wong-wong ing tanah Israèlgawéné ngucapaké pasemon singmengkéné: ‘Para bapa padha manganwoh mentah, untuné anak-anaké padhadadi linu.’3Demi gesang-Ku, pasemon kuwi bakalora kocap menèh ana ing Israèl.

Page 1087: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 18.4–10 694Uripé saben wong kuwi kagungan-Ku,uripé bapa semono uga uripé anak. Dénéwong sing nglakoni dosa kuwi sing kudumati.5Yèn ana wong mursid sing lakunébener lan becik,6mangka ora nyembah brahalané wongIsraèl utawa mangan sesajèn ana ingcandhi-candhi, ora ngrusuhi bojonépepadhané lan ora turu karo wongwadon sing lagi nggarap sari,7ora nindhes wong liya, mbalèkakégadhèné wong, ora ngrampas apa-apa,awèh mangan wong luwé, awèhsandhangan marang wong kewudan,8ora nganakaké dhuwit nganggoanakan akèh, ngedohi laku culikalan gawé putusan sing adil ana ingpirembugan,9wong sing mengkono mau mbangun-turut marang dhawuh-Ku lan netepipréntah-Ku temenan, wong kuwi bakalurip.10Nanging yèn wong mau duwé anaklanang sing ngrampog lan matèniwong utawa nglakoni salah sawijiningpenggawé sing kaya mengkono,

Page 1088: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 18.11–16 7011 (kang ora tau dilakoni déningbapakné) sarta mangan sajèn ana ingcandhi-candhi, lan ngrusuhi bojonépepadhané,12 seneng ngapusi wong mlarat,ngrampas, ora mbalèkaké gadhènéwong, ziarah menyang candhi-candhinéwong kapir, nyembah brahala nistha,13nganakaké dhuwit nganggo anakanakèh, apa wong sing mengkono maubakal urip? Mesthi ora! Wong mau wisnglakoni prekara-prekara sing nistha,mulané kudu mati. Patiné merga sakapialané dhéwé.14Yèn wong mau duwé anak lanangliyané, lan weruh dosa-dosa sing dilakonidéning bapakné, nanging ora kèlunglakoni dosa-dosa mau,15ora mèlu nyembah brahalané wongIsraèl utawa mangan sesajèné brahalaana ing candhi-candhi, ora ngrusuhibojoné pepadhané,16ora nindhes wong mlarat utawangrampas barangé wong, mbalèkakégadhèné wong, awèh mangan marangwong sing keluwèn lan sandhanganmarang wong sing kewudan,

Page 1089: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 18.17–21 7117nampik nglakoni piala lan oranganakaké dhuwit nganggo anakanakèh, sarta netepi dhawuh-Ku temenan,wong mau bakal ora mati merga déningdosané bapakné, wong mau mesthibakal urip.18Nanging bapakné sing gawénénindhes, ngrampas, lan nglakonibab-bab sing ora becik, kuwi bakal matimerga saka kaluputané.19Saiki kowé takon, apa sebabéanak ora diukum merga saka dosanébapakné? Wangsulané, merga si anaknindakaké sing bener lan becik, netepidhawuh-Ku temenan lan tliti, mulanémesthi bakal urip.20Wong sing nglakoni dosa kuwi singkudu mati. Anak ora mikul dosa-dosanébapakné lan bapak ora mikul dosa-dosané anaké. Wong becik bakal nampaganjaran merga saka kabecikan singdilakoni, lan wong ala bakal nampapaukuman asilé piala sing dilakoni.21Yèn wong ala mari enggonénindakaké piala, banjur netepi dhawuh-Ku, sarta nindakaké kabeneran lankabecikan mesthi bakal ora mati,nanging bakal urip.

Page 1090: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 18.22–28 7222Sakèhé dosané bakal diapura lanwong mau mesthi bakal urip.23Apa Aku rena mirsani patiné wongala? Ora! Nanging Dakarep-arep supayamratobat!24Nanging wong becik sing mari olèhénindakaké kabecikan, malah banjurnindakaké piala, sakèhé kabecikan singwis dilakoni bakal ora dianggep, wongkuwi kudu mati merga saka enggoné orasetya lan merga saka dosa-dosané.25Ana wong sing muni, ‘PendameléPangéran kuwi ora adil.’ Rungokna, héwong Israèl. Sing ora bener kuwi Akuapa kowé?26Yèn wong mursid ninggalkamursidané, banjur nglakoni piala sartamati, kuwi mati merga saka dosa singdilakoni.27Yèn wong ala ninggal lakuné sing ala,sarta nglakoni sing bener lan becik, kuwinylametaké uripé.28Wong mau krasa yèn sing dilakonimau ora bener, banjur marèni tindakésing ala, wong kuwi mesthi bakal oramati, bakal lestari urip.

Page 1091: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 18.29–19.4 7329Éwadéné kowé wong Israèl padhamuni, ‘Tumindaké Pangéran kuwi oraadil.’" Sing ora adil kuwi Aku apa kowé?30 "Aku Pangéran Allah ngandikayèn bakal ngadili kowé siji-siji manutpenggawému dhéwé-dhéwé. Padhamratobata saka dosa-dosamu supayakowé ora ditumpes merga saka dosamu.31Buwangen piala sing koklakoni, lananyarna ati lan pikiranmu.32Gusti Allah ora ngersakaké wongIsraèl padha mati? Mula padhamratobata, supaya kowé urip! Mengkonopangandikané Pangéran Allah."

191Aku didhawuhi Gusti Allahnglagokaké kidung kasangsaran

kanggo putra raja loro ing Israèl:2 "Keng ibu menika presasat singaèstri ingkang nesepi anak-anakipun,wonten ing antawisipun singa-singa jaleringkang rosa.3Anakipun setunggal dipun opèni landipun ajari pados tedha; ngantos sagedmangsa manungsa.4Para bangsa sareng mireng babmenika lajeng masang kala ingluwangan, kelampahan kénging. Singa

Page 1092: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 19.5–10 74

wau lajeng dipun entas, kabekta dhatengtanah Mesir.5Singa èstri sareng ngertos sampunmboten wonten pengajeng-ajeng malih,lajeng ngopèni anak sanèsipun, ngantossinga nèm wau inggih dados ageng lanrosa.6Sareng dados singa diwasa, singawau nglembara pados mangsan kaliyansing sanès-sanèsipun. Singa nèm wauinggih ajar nubruk malah lajeng mangsamanungsa.7Bètèng-bètèng dipun risak, kitha-kithadipun obrak-abrik. Tiyang sabangsa samigemeter samasa mireng panggeronipun.8Bangsa-bangsa lajeng nglempakbadhé nglawan singa nèm wau; tiyangsaking pundi-pundi sami dhateng. Samimasang jaring, wusana singa waukecepeng.9Singa nèm wau kalebetaken ingkurungan, sarta kabekta dhatengBabil. Dipun jagi, mila ngantos mbotenkepireng malih wonten ing paredènIsraèl.10Keng ibu menika presasat wit anggur,ingkang katanem ing sacelaking lèpèn.Sarèhné ing ngriku kathah toyanipun,

Page 1093: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 19.11–20.1 75

mila anggur wau ngedalaken ron lan wohkathah.11Pang-pangipun ageng lan rosa,sarta tuwuh kados badhé dados tekenkeprabon. Anggur wau tuwuh dadosinggil ngantos sundhul ing méga. Sabentiyang sumerep ngrembuyung lan agenginggil.12Nanging wonten tangan-tanganingkang mbedhol wit wau saoyodipun,lajeng kabucal. Ngantos wohipun dadosgaring margi wonten angin sakingWétan. Pang-pangipun sami coklèkdados garing lajeng kabesmi.13Samenika wit anggur wau kataneming ara-ara samun, ing pasitèn garingingkang mboten wonten toyanipun.14Wit anggur wau kamangsa déninglatu, ingkang ugi mangsa pang-pang lanwohipun. Pang-pang wau mboten badhédados kiyat malih, lan mboten sagedkadamel teken keprabon." Mengkonomau uniné kidung kasangsaran, singsaben-saben dilagokaké.

201Nalika enggonku padha ana ingpembuwangan nyandhak pitung

taun ing sasi kalima, tanggal kapingsepuluh, ana pemimpiné masarakat

Page 1094: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 20.2–7 76

Israèl sawetara padha takon karo akubab kersané Pangéran, karo lungguh anaing ngarepku.2Pangéran banjur ngandikani aku,3 "Hé wong apes, kandhakna karo wong-wong kuwi lan lantarna pangandika-Kumengkéné, ‘Tekamu padha arep takonbab kersa-Ku? Demi gesang-Ku, kowébakal ora Dakwangsuli. Mengkonopangandikané Pangéran.’"4 "Apa kowé wis siap ngadili wong-wongkuwi, hé wong apes? Kandhakna! Padhaélingna karo prekara-prekara nistha singditindakaké déning para leluhuré.5Kandhakna apa singDakngandikakaké. Nalika IsraèlDakpilih, Aku janji karo wong-wongkuwi. Aku ngetingal ana ing Mesirlan Dakngandikani, ‘Aku iki PangéranAllahmu!’6Nalika semono Aku janji arep mbektawong-wong mau metu saka tanahMesir, lan Dakirid menyang tanah singDakcawisaké, tanah gemah ripah lohjinawi, tanah sing apik dhéwé.7Padha Dakkandhani supaya mbuwangbrahala-brahala sing padha disenengi,supaya aja padha najisaké awaké dhéwé

Page 1095: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 20.8–12 77

karo brahala-brahala Mesir sing orateges kuwi, merga Aku iki PangéranAllahé.8Nanging padha ngrèmèhaké Akulan ora nggugu karo pangandika-Ku.Brahala-brahalané sing njijiki oradibuwangi, mengkono uga ora marènienggoné nyembah brahala-brahalanéwong Mesir. Aku wis ngrancangngesokaké duka-Ku sakatogé ana ingtanah Mesir kono.9Nanging kersa-Ku Dakpenggakpiyambak, supaya asma-Ku oradicecamah ing ngarepé bangsa-bangsa sing dienggoni, sebab Aku wisngumumaké yèn Israèl bakal Dakiridmetu saka tanah Mesir.10Dadi bangsa Israèl Dakbekta metusaka tanah Mesir menyang segara wedhi.11Ana ing kana padha Dakparingidhawuh-Ku lan Dakwulang babprenatan-prenatan sing dadi marganingurip, kanggoné wong sing netepi.12Aku maringaké dina Sabbat supayapadha ditetepi, kanggo pretandhaenggoné padha netepi prejanjianékaro Aku, kanggo ngélingaké yèn Aku,

Page 1096: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 20.13–16 78

Pangéran, milih wong-wong mau dadiumat-Ku.13Nanging nalika isih ana ingsegara wedhi kono, wis nantang Aku.Prenatan-prenatan-Ku diterak landhawuh-dhawuh-Ku sing dadi marganingurip kanggo wong sing netepi, ditampik.Dina Sabbat padha ora disucèkakébabar-pisan. Aku ngrancang arepngesokaké paukuman-Ku sakatogémarang wong-wong mau ana ing segarawedhi kono supaya tumpes kabèh.14Nanging duka-Ku Dakampet, supayaAku aja dirèmèhaké déning bangsa-bangsa sing padha nyipati enggon-Kungirid Israèl saka ing Mesir.15Ana ing ara-ara samun kono Akusumpah yèn wong-wong mau bakal oramlebu ing tanah sing Dakparingaké,tanah sing gemah ripah loh jinawi, oraana sing ngungkuli beciké.16Enggon-Ku sumpah mengkonomau merga wong-wong kuwi padhanampik dhawuh-dhawuh-Ku, nerakprenatan-prenatan-Ku lan najisakédina Sabbat-Ku, merga luwih senengnyembah brahala-brahalané.

Page 1097: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 20.17–22 7917Nanging Aku banjur runtuh welas-Ku,nganti ora Daksirnakaké ana ing ara-arasamun.18Malah wong nom-nom padhaDakélingaké, ‘Lakumu aja padha manutprenatané leluhurmu, aja ngenut adattata-carané utawa najisaké awakmusrana nyembah brahala-brahalané.19Aku iki Pangéran Allahmu. Netepanaprenatan-prenatan lan dhawuh-dhawuh-Ku.20Dina Sabbat kuwi sucèkna, sebabSabbat kuwi dadi tandhané prejanjiansing ana ing antara-Ku lan kowé, kanggongélingaké marang kowé yèn Aku ikiPangéran Allahmu.’21Nanging wong-wong mau padhanantang Aku. Prenatan-prenatan-Kupadha diterak, dhawuh-dhawuh-Ku singnjaga keslametané ora padha ditetepi.Dina Sabbat-Ku padha dinajisaké. Akuwis ngrancang arep numpes wong-wongmau kabèh ana ing ara-ara samun.22Nanging duka-Ku mau Dakampet,merga bakal marakaké asma-Kudirèmèhaké déning bangsa-bangsa singpadha weruh enggon-Ku ngirid bangsaIsraèl metu saka tanah Mesir.

Page 1098: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 20.23–28 8023Aku banjur gawé prejanjian menèhana ing segara wedhi. Aku sumpah yènbangsa mau bakal Dakbuyaraké ana ingsalumahing bumi.24Merga bangsa kuwi nampik dhawuh-dhawuh-Ku, nerak prenatan-Ku, najisakéSabbat-Ku lan nyembah brahala singdisembah déning para leluhuré.25Banjur padha Dakparingi prenatan-prenatan sing ora becik lan dhawuh-dhawuh sing ora njalari urip.26Wong-wong mau Daktogaké dadinajis saka enggoné sesaji, lan Daktogakéngurbanaké anaké pembarep. Kuwicara-Ku ngukum bangsa mau, supayangerti yèn Aku iki Pangéran.27Saiki, hé wong apes, kandhaakaro wong Israèl, Aku Pangéran Allahngandika mengkéné, ‘Mengkéné caranépara leluhuré enggoné ngina lannyingkur Aku.28Wong-wong kuwi padha Dakiridmenyang tanah sing Dakjanjèkakéarep Dakparingaké. Bareng padhaweruh pegunungan lan wit-witan singngrembuyung ijo banjur padha gawékurban ana ing kono. Wong-wong maupadha njalari duka-Ku srana enggoné

Page 1099: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 20.29–32 81

padha gawé kurban obongan lan kurbananggur.’29Padha Dakdangu, ‘Punthuk-punthuksing padha kokunggahi kuwi kokenggoapa?’ Wiwit nalika semana panggonan-panggonan mau disebut ‘Punthuk’.30Saiki wong Israèl padha kandhanana,‘Aku, Pangéran Allah ngandikamengkéné: Yagéné kowé nglakoni dosapadha karo sing dilakoni déning paraleluhurmu, ngetutburi brahala-brahala?31Tekan sepréné kowé padha gawékurban kaya sing dilakoni déning paraleluhurmu, lan najisaké awakmu srananyembelèh lan ngobong anak-anakmudadi kurban marang brahala-brahala.Senajan mengkono kowé wong Israèlisih padha teka lan takon bab kersa-Ku!Demi gesang-Ku, Pangéran Allah, kowébakal ora takon apa-apa menèh marangAku.32Kowé wis gawé putusan ing atimukepéngin padha karo bangsa-bangsaliyané, kaya umat sing kokpondhoki ingmanca negara, sing padha nyembahwit lan watu. Nanging kuwi ora bakalkelakon.’"

Page 1100: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 20.33–39 8233 "Demi gesang-Ku, Pangéran Allah,sajroning mulading duka-Ku Aku bakalngerèh kowé nganggo pangwasa,nganggo kasektèn-Ku.34Aku bakal ngetingalaké kasektèn-Ku lan paukuman-Ku samasa Akuwis nglumpukaké kowé bali sakatanah-tanah manca panggonanmukasebar.35Kowé bakal Dakbekta ana ing‘Pasamuwané Para Bangsa’ lan ana ingkana kowé bakal Dakukum adu-arepkaro Aku.36Saiki kowé bakal mung Dakukumkaya enggon-Ku ngukum para leluhurmuana ing segara wedhi Sinai. Mengkonopangandikané Pangéran Allah.37Saiki kowé bakal Dakerèh lanDakgawé netepi prejanjian-Ku.38Wong ing antaramu sing nglawanlan kebak dosa bakal Daksingkiraké.Wong-wong kuwi bakal Daksingkirakésaka tanah-tanah sing saiki dienggoni,nanging bakal ora Dakbalèkaké menyangtanah Israèl. Nganti kowé bakal ngertiyèn Aku iki Pangéran."39Pangandikané Pangéran Allahmengkéné, "Saikiné hé wong Israèl

Page 1101: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 20.40–43 83

kabèh, padha kepénakna awakmu!Padha terus-terusna enggonmunyembah brahala! Nanging ngertia yènsawisé iki kowé kudu manut karo Akulan marèni enggonmu najisaké asma-Kukang suci, srana gawé kurban marangbrahala-brahalamu.40Ana ing tanah kana, ana ing gunung-Ku kang suci, gunungé Israèl singdhuwur, kowé umat Israèl kabèh bakalpadha nyembah sujud marang Aku.Aku bakal nampa kowé lan ngarep-arepkurban sesaosanmu, sesajènmu singbecik dhéwé lan sesaosanmu sing suci.41Sawisé kowé Dakirid metu sakatanah-tanah panggonanmu kasebarsarta Dakklumpukaké dadi siji, Aku bakalkersa nampi kurban-kurban obongansing koksaosaké, lan para bangsa bakalpadha ngerti yèn Aku iki suci.42Menawa kowé wis Dakbalèkakémenyang tanah Israèl menèh, tanahsing wis Dakjanjèkaké marang paraleluhurmu dadi tanah pusakané, kowébakal ngerti yèn Aku iki Pangéran.43Kowé bakal kèlingan karo sakèhéprekara sing gawé wirangmu lanprekara-prekara sing gawé najisé

Page 1102: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 20.44–49 84

awakmu. Kowé bakal éwa karo awakmudhéwé merga sakèhing piala sing wiskoklakoni.44Hé umat Israèl, padha ngertia yènenggon-Ku ora males kowé timbangkaro piala sing koklakoni kuwi mergaAku njaga kaurmatané asma-Ku dhéwé.Mengkono pangandikané Pangéran."45Pangandikané Pangéran marang akumengkéné,46 "Hé wong apes, ngawasna ngidul.Kandhaa lan medhara wangsit marangalas-alas sing ana ing Kidul.47Kandhaa karo alas-alas ingKidul karebèn padha ngrungokaképangandikané Pangéran sing mengkéné,‘Delengen! Aku nyumed geni, sing bakalngobong saben wit ana ing njeromu,sing ijo lan sing garing. Ora ana sing bisanyirep. Geni mau bakal mrèmbèt sakaKidul mengalor, lan saben wong bakalngrasakaké mulad-muladé.48Nganti wong kabèh padha ngerti yènAku iki Pangéran sing nyumed geni maulan ora ana wong sing bisa nyirep.’"49Nanging aku munjuk, "DhuhPangéran, sampun ta ndhawuhi kawulamedharaken wangsit menika! Awit saben

Page 1103: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 21.1–7 85

tiyang sami criyos bilih kula selaminipunmboten naté terus-terang."

211Pangandikané Pangéran marangaku mengkéné,

2 "Hé wong apes, kandhakna karoYérusalèm. Kandhakna ana ingpanggonan-panggonan pangibadah.Tanah Israèl élingna,3yèn Aku Pangéran ngandikamengkéné, ‘Aku iki mungsuhmu.Pedhang-Ku bakal Dakunus lan kowékabèh bakal Dakpatèni, dadia wongbecik utawa wong ala.4Pedhang-Ku bakal Daktamakakémarang angger wong wiwit saka Lortekan Kidul.5Angger wong bakal ngerti yèn Akuiki Pangéran. Pedhang-Ku wis Dakunuslan ora bakal Dakbalèkaké ing rangkanémenèh.’6Hé wong apes, kowé sesambata anaing ngarepé wong akèh kaya wongsing sedhih banget, sing wis ora duwépengarep-arep menèh.7Yèn kowé ditakoni, yagéné kowésesambat, kandhaa yèn kuwi merga anakabar sing mentas kokrungu. Yèn kabarkuwi sumebar, wong kabèh bakal padha

Page 1104: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 21.8–13 86

giris, tangané bakal sèngklèh, ilangkekuwatané lan dhengkulé théklok. Wistekan mangsané, malah wis kelakon.Mengkono pangandikané Pangéran."8Pangandikané Pangéran mengkéné,9 "Kandhaa, wedharna pangandika-Kusing Dakdhawuhaké marang kowé,‘Pedhangé wis diasah lan digosok.10Diasah bakal dienggo matèni, digosoksupaya mencorong kaya kilat. Bakalora ana kabungahan, merga umat-Kunampik saben pepéling bab bakal tekanépaukuman.11Pedhangé wis digosok, cemawis karinamakaké. Wis diasah lan digebeg, karingulungaké ing tangané algojo sing areppadha matèni.12Nangisa sing seru, kowé wong apes,pedhang iki bakal kasabetaké marangumat-Ku, lan marang para penggedhénéIsraèl. Kuwi kabèh bakal dipatèni barengkaro umat-Ku sing kèri. Tebah-tebahadhadha nandhakaké semplahé atimu!13Aku arep nyoba umat-Ku, yèn padhaora gelem mratobat nlangsani dosané,prekara-prekara iki kabèh bakal nempuhmarang wong-wong mau.’

Page 1105: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 21.14–20 8714Mulané hé wong apes, keplok-keploka, lan pedhang iki bakal mbabadiwong-wong mau, bola-bali. Iki pedhangsing ampuh kanggo matèni, pedhangsing dayané nggegirisi lan sing kanggomutahaké getih.15Umat-Ku bakal ilang kekendelané,mula bakal ambruk. Kutha-kuthanéDakancam nganggo pedhang singgemebyar kaya kilat lan cemepakkanggo mematèni.16Sabetna ngiwa lan nengen, hépedhang kang ampuh! Nyabeta, ingngendi waé adhepmu.17Aku iya bakal keplok-keplok, lanpaukuman-Ku bakal sirep. Mengkonopangandikané Pangéran."18Pangandikané Pangéran marang akumengkéné,19 "Hé wong apes, nggambara dalanloro sing bakal diliwati raja Babil singarep teka nggawa pedhang. Dalanmau loro-loroné saka negara siji.Masanga tandha-tandha ing simpangan-simpangan saka dalan kono tekan kuthasiji-sijiné.20Ana dalan simpangan sing bakaldiambah raja Babil menyang Raba,

Page 1106: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 21.21–24 88

kutha-krajané Amon, lan ana dalansimpangan menyang Yéhuda, menyangYérusalèm, kutha sing disentosaninganggo bètèng.21Raja Babil bakal mandheg dhisikana ing simpangan, lan nliti dhisikdalan sing arep diambah, nganggonglepasaké panah lan takon penemunépara brahalané, mriksa jeroané kéwansing digawé kurban.22Yèn tangané kiwa sing nyekel panahnuding menyang Yérusalèm, kuwiateges yèn bakal menyang Yérusalèm,ngedegaké menara-menara kanggongepung kutha mau, ngumumaképerang, masang dudur sing kanggonjebol lawanging gapura, gawé tanggul,ngedhuk kalèn kanggo amping-amping.23Wong-wong ing Yérusalèm bakal orangandel, merga wis gawé prejanjiandamé. Nanging pamedhar wangsit ikiprelu kanggo melèhaké dosa-dosanélan pepéling yèn wong-wong mau bakalditawan.24Mengkéné pangandikané PangéranAllah, ‘Dosamu wis konangan.Angger wong wis ngerti sepiragedhéné pialamu. Satingkah-lakumu

Page 1107: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 21.25–29 89

ngétokaké panerakmu. Paukumanmuwis katetepaké, mulané saiki kowébakal Dakulungaké marang mungsuh-mungsuhmu.’25Hé kowé ratuné Israèl sing ala, dinapengapesanmu wis tekan, yakuwi dinaenggonmu bakal kasirnakaké.26Aku, Pangéran wis paring dhawuh.Copoten makuthamu lan sorbanmusingkirna. Kaanané wis malih kabèh.Sing mlarat bakal dadi penggedhé, singdadi raja bakal dilèngsèr.27Gempuren, gempuren! Ya, kutha ikibakal Dakdadèkaké gempuran. Nangingkelakoné iki mengko yèn wong singDakpilih ngukum kutha iki wis teka.Kutha iki banjur bakal Dakulungakémarang wong mau."28 "Hé wong apes, medhara wangsit!Wartakna pangandika-Ku kanggowong Amon, sing padha moyoki wongIsraèl. Munia, ‘Pedhangé wis samektanyirnakaké; wis digosok siap kanggomematèni, wis gilap kaya kilat.29Wahyu-wahyumu kuwi goroh, lanramalan-ramalané juru tenungmu kuwiapus-apusan. Kowé kuwi wong jahatlan wong ala. Dina paukumanmu sing

Page 1108: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 21.30–22.3 90

pungkasan wis teka. Pedhang-pedhangbakal disabetaké ing gulumu.30Pedhangé lebokna ing rangkanémenèh! Kowé bakal Dakadili ana ingpapan panggonanmu katitahaké, ana ingnegara asalmu.31Aku bakal ngesokaké paukuman-Kumarang kowé kabèh. Lan Aku bakalngulungaké kowé ing tangané wong singtegelan, wong sing ahli ngrusak.32Kowé bakal katumpes déning geni.Getihmu bakal Dakwutahaké ana ingtanahmu dhéwé, lan kowé bakal oradiélingi menèh ing selawasé. Mengkonopangandikané Pangéran.’"

221Pangandikané Pangéran marangaku mengkéné,

2 "Hé wong apes, cecawisa. Kowé bakalngadili kutha sing kebak tukang matèniwong iki. Kandhanana bab sakèhépenggawéné sing nistha."3Wartakna marang kutha iki yèn Aku,Pangéran Kang Mahakwasa ngandikamengkéné, "Sarèhné kowé wis matèniwong akèh ing tengahmu lan najisakéawakmu merga enggonmu nyembahbrahala, mulané wis tekan mangsanétibané paukumanmu.

Page 1109: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 22.4–9 914Merga saka dosamu matèni wonglan najisaké awakmu srana nyembahbrahala gawéané tanganmu, mulanéwis tekan mangsané kowé nampapaukumanmu! Yakuwi sebabé kowéDakdadèkaké poyokan ing antarané parabangsa lan dicecamah déning anggerwong.5Bangsa adoh lan cedhak padhanyenyamah kowé merga lakumu rusuh.6Para penggedhé ing Israèl padhangendelaké kekuwatané dhéwé lanseneng mematèni.7Ana ing kutha wong padha ora ngajèniwong tuwané. Wong manca padhakokapusi. Randha lan bocah lola padhakoktindhes.8Kowé padha ora ngéman karokasucèn-Ku, lan ora ngajèni marang dinaSabbat.9 Ing antaramu ana sing senenggoroh kanggo liyan, supaya wongkuwi kaukum pati. Ing antaramu anasing mangan sajèn sing disajèkakébrahala. Ana menèh sing padha ngumbarhawa-nepsuné.

Page 1110: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 22.10–16 9210Ana sing nggodha nuroni ibunékuwalon, ana sing ngrodha-peksa wongwadon sing lagi nggarap sari.11Ana sing nylèwèng karo bojoné wongliya, ana sing nglakoni mengkono karomantuné wadon, ana menèh sing nuroniseduluré wadon tunggal bapa.12 Ing antaramu ana sing nampaniopah kanggo matèni wong. Ana singnganakaké dhuwit marang pepadhanéwong Israèl, utawa golèk bathi akèhsrana nindhes pepadhané. Nangingkowé padha ora éling karo Aku.Mengkono pangandikané Pangéran KangMahakwasa.13Mulané asta-Ku bakal malesenggonmu ngrampog lan gawé pepati.14Apa kowé isih wani lan kuwat yèn wisngrasakaké panggebag-Ku? Mengkonopangandika-Ku lan kuwi bakal Daktetepi.15Kowé bakal Dakbuyaraké ana ingantarané para bangsa lan Daksebaring negara-negara, supaya lèrènapenggawému sing ala.16Sabanjuré kowé bakal dianggepnajis déning para bangsa, nanging kowédhéwé bakal éling yèn Aku iki Pangéran."

Page 1111: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 22.17–22 9317Pangandikané Pangéran marang akumengkéné,18 "Hé wong apes, wong Israèl kuwikanggoné Aku wis ora ana gunané.Wong-wong kuwi padha kaya regedinglogam — tembaga, timah, wesi, timahireng — sawisé logam mau dileburlan dijupuk slakané ana ing pawonpaleburan.19Dadi Aku, Pangéran Kang Mahakwasangandika marang wong Israèl, yènwong-wong mau ora ana gunané kanggoAku, kaya regeding logam mau. Wong-wong kuwi bakal padha Dakklumpukakéana ing Yérusalèm,20ora béda karo logam slaka, tembaga,wesi, timah ireng, lan timah putihsing kacemplungaké ana ing pawonpaleburan. Bentèré duka-Ku bakalnglebur wong-wong mau, kaya geninglebur logam.21Bakal padha Dakklumpukaké ana ingYérusalèm, banjur Dakobong, Daklebursajroning mulading duka-Ku.22Bakal padha Daklebur ana ingYérusalèm kaya slaka sing kalebur ingpawon paleburan, mula bakal padhangrasakaké paukumané Pangéran."

Page 1112: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 22.23–28 9423Pangandikané Pangéran marang akumengkéné,24 "Hé wong apes, wong Israèlkandhanana yèn tanahé kuwi jembar,mulané bakal Daktibani paukuman-Ku.25Para penggedhéné presasat singasing gero-gero karo ndekep mangsané,banjur dipatèni. Rakyaté padha dipatèni,barang-darbèké dirampas, nganti akèhwong sing dadi randha.26Para imam padha nerak dhawuh-Kulan padha ora éling karo kasucèn-Ku.Padha ora mbédakaké sing suci karosing ora suci. Padha ora mulang bédanénajis lan ora najis, lan padha ora netepidina Sabbat. Mula wong Israèl padha orangajèni Aku.27Para penggedhéné negara presasatasu ajag sing nyuwèk-nyuwèk mangsanésing wis dipatèni. Padha dhemen matèniwong, supaya bisa sugih.28Para imam padha ngaling-alingidosané kaya wong sing nutupi témboknganggo labur. Padha ngarang wahyupalsu lan ramalan apus-apusan. Padhakandha yèn medharaké pangandikanéAllah, mangka sanyatané Aku, Pangéran,ora ngandika karo wong-wong mau.

Page 1113: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 22.29–23.5 9529Wong sugih padha ngapusi lanngrampog. Wong miskin padhadisiya-siya, lan wong manca padhadianiaya.30Aku golèk wong sing bisa ngedegakétémbok, kanggo ngganti témbok-témboksing wis rubuh, lan kanggo njaganisupaya tanah kéné aja sirna yèn ketekaning paukuman-Ku, nanging Aku oramanggih wong sing kaya ngono.31Mulané Aku bakal ngesokaké duka-Kukarebèn mulad-mulad sakatogé kanggonumpes wong-wong mau, timbang karopenggawéné. Mengkono pangandikanéPangéran."

231Pangandikané Pangéran marangaku mengkéné,

2 "Hé wong apes, ana wong wadon lorokakang-adhi.3Nalika isih nom lan manggon ing tanahMesir padha dadi sundel.4Sing tuwa jenengé Ohola (ngibaratakéSamaria), sing enom Oholiba(ngibarataké Yérusalèm). Wongloro mau Dakpundhut garwa lanmetokaké anak akèh.5Senajan wis Dakpundhut garwa,éwasemono Ohola tetep nerusaké

Page 1114: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 23.6–10 96

enggoné nyundel, lan kepéncut karowong Asyur.6Wong Asyur mau serdhadhu-serdhadhu sing nganggo pakéanseragam wungu, priyayi lan perwira-perwira sing dhuwur pangkaté. Kabèhperwira-perwira tentara jaranan singbagus-bagus.7Ohola mau nyundel nglayani perwira-perwira Asyur kabèh mau, lan mergahawa-nepsuné wong mau kèlu nyembahpara brahalané wong Asyur lan sranamengkono najisaké awaké dhéwé.8Dadi Ohola nerusaké enggoné dadisundel, sing diwiwiti nalika isih ana ingtanah Mesir. Wiwit nalika isih prawanwis gawéné turu karo wong lanang, singpadha nganggep wong kuwi pancènsundel.9Wong mau banjur Dakulungakémarang para dhemenané, yakuwi wongAsyur, sing banget dikaremi.10Banjur diwudani, anaké lananglan wadon padha ditawan, wekasanédipatèni nganggo pedhang. Wong wadoning ngendi-endi padha nyatur kaananéOhola mau.

Page 1115: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 23.11–17 9711Senajan Oholiba weruh kaananémbakyuné sing kaya mengkono mau,malah saya nemen enggoné nyundel,ngungkuli Ohola.12Wong mau iya gandrung karopara priagung lan para perwira Asyur,serdhadhu-serdhadhu sing nganggoseragam rupa-rupa. Semono ugagandrung karo perwira-perwira tentarajaranan sing nom-nom lan bagus-bagus.13Aku nyipati dhéwé yèn Oholibakasusilané wis rusak banget, malahngungkuli mbakyuné.14Saya suwé saya banget enggonénglakoni nistha. Kasmaran weruhgambaré para punggawa Babil singkaukir ana ing témbok-témbok nganggorupa abang mbranang, bangkèkanénganggo sabuk, sirahé nganggo sorbanlan koncèr.15 (23:14)16Bareng weruh gambar mau sanalikaOholiba banjur gandrung, mulakongkonan marani wong-wong Babilmau.17Wong Babil banjur padha tekangumbar hawa-nepsuné, Oholiba

Page 1116: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 23.18–23 98

tumindak sing njijiki karo wong-wongBabil mau.18Angger wong dipamèri yèn dhèwèkésundel, nganti angger wong ngerti yènwong kuwi sundel. Aku jijik karo wongmau, ora béda enggon-Ku jijik karombakyuné.19Enggoné dadi sundel saya ndadi,tingkah lakuné kaya dhèk isih prawandadi sundel ana ing tanah Mesir.20Wong kuwi kepéncut karo wonglanang sing nepsuné kaya birainé jaran.21 (Oholiba, kowé kepéngin mbalèniuripmu dhèk prawan ana ing Mesir,nalika kasusilanmu bobrok babar-pisan,nalika payudaramu digawé dolanan lankowé kélangan tandhané enggonmu isihprawan.)"22 "Mulané, hé Oholiba, Pangéran KangMahakwasa ngandika mengkéné, ‘Kowéwis bosen karo para dhemenanmu,nanging wong-wong kuwi bakal Dakgawémuring karo kowé, lan Daktekakakésupaya ngepung kowé.23Wong Babil, wong Kasdim, wongPekod, wong Soa, wong Koa lan wongAsyur kabèh. Sakèhé para wonggedhé, para perwira, para pegawé

Page 1117: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 23.24–28 99

sing dhuwur pangkaté lan para jéndraltentara jaranan, sakèhé wong nom singbagus-bagus mau bakal Dakklumpukaké.24Kabèh bakal padha nyerang kowésaka Lor, nggawa tentara akèh, krétaperang lan tandhon pangan. Kowé bakaldikepung déning wong-wong mau singpadha nganggo tamèng lan tropongsirah. Kowé bakal Dakulungaké ingtangané lan kuwi sing bakal padhangadili kowé manut prenatané dhéwé.25Sarèhné Aku duka karo kowé,mulané kowé bakal Dakpasrahakémarang nepsuné wong-wong mau.Irungmu lan kupingmu bakal dipagas,anak-anakmu dipatèni. Anakmu lananglan wadon bakal direbut lan diobongurip-uripan.26Sandhanganmu bakal disuwèk-suwèk, lan raja-branamu dijupuki.27Kowé bakal Dakgawé mari enggonmukepéncutan lan nyundel kaya singwis koklakoni wiwit kowé isih ana ingtanah Mesir. Kowé bakal ora kepénginnyembah brahala menèh lan ora bakalngéling-éling kaanan ing Mesir menèh.’"28Pangandikané Pangéran KangMahakwasa mengkéné, "Kowé bakal

Page 1118: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 23.29–34 100

Dakulungaké marang wong-wong singsengit marang kowé lan kokanggep jijik.29Sarèhné padha sengit marang kowé,mulané bakal njupuki sakèhé barangasilé kangèlanmu, mula kowé kewudankaya sundel. Kuwi kabèh merga sakaenggonmu nyundel30 lan gedhéné nepsumu. Kowé kuwisundelé para bangsa lan najisakéawakmu dhéwé srana nyembah brahala.31Sarèhné kowé niru sedulurmu tuwa,mulané kowé bakal Dakombèni sakatuwung sing isi paukuman, padha karosing Dakombèkaké marang mbakyumu."32Pangandikané Pangéran KangMahakwasa mengkéné, "Kowé bakalngombé saka tuwungé mbakyumu;tuwung sing jero lan amba cangkemé.Kowé bakal dipoyoki déning anggerwong; tuwung kuwi wis kebak.33Kowé bakal dadi mendem lan atimujudheg, kuwi tuwung sing marahigiris lan rusak, mengkono tuwungémbakyumu Samaria.34Tuwung mau bakal kokombésaampasé, karo ngremet-ngremetpayudaramu. Mengkono pangandikanéPangéran Kang Mahakwasa."

Page 1119: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 23.35–40 10135Mengkéné pangandikané PangéranKang Mahakwasa menèh, "Sarèhné kowélali karo Aku sarta nyingkur Aku, mulanékowé bakal ngrasakaké sangsara mergasaka nepsumu lan enggonmu nyundel."36Pangandikané Pangéran marang akumengkéné, "Hé wong apes, apa kowéwis siyaga ngadili Ohola lan Oholiba?Wong loro kuwi dakwanen merga wispadha nglakoni penggawé-penggawésing nistha.37Wis padha laku jina lan mematèni,padha nyembah brahala lan matènianak-anaké sing dilairaké kanggo Aku.Anak-anaké padha dienggo kurbanmarang para brahala.38 Isih ana tunggalé. Pasucèn-Ku padhadinajisaké, prenatan dina Sabbat singDaktetepaké ora padha ditindakaké.39Sabanjuré nalika padha nyembelèhanak-anaké kanggo brahalané, ing dinakuwi uga padha nekani Pedaleman-Ku,lan najisaké kasucèné!40Bola-bali enggoné kongkonannekakaké wong lanang saka adoh lanwong-wong mau padha teka temenan.Ohola lan Oholiba banjur padha adus,mulas alisé lan nganggo hiasané.

Page 1120: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 23.41–46 10241Banjur padha lungguh ana ingpeturoné, ngadhepaké méja kebakbarang-barang èdi, semono uga dupalan lenga wangi enggon-Ku maringi.42Banjur ana swarané wong akèh singpadha seneng-seneng, para wong lanangsaka ara-ara samun padha mlebu.Wong-wong mau padha masang gelangana ing tangané wong wadon loro mau,sarta masang makutha ana ing sirahé.43Aku mbatin wong kuwi padhanylèwèng karo sundel sing wis rusakawaké merga saka suwéné enggonényundel.44Wong-wong lanang mau padhabola-bali marani sundel-sundel Oholalan Oholiba, wong wadon sing wis bejatkasusilané.45Wong mursid bakal ngadili wong-wong mau karo ndakwa laku jina langawé pati, merga padha laku bédhanglan tangané gluput getih."46Pangandikané Pangéran KangMahakwasa mengkéné, "Nekaknagrombolané kècu supaya nyiksasundel-sundel kuwi lan ngrampogibarang-barangé.

Page 1121: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 23.47–24.3 10347Karebèn dibenturi watu landisembelèh nganggo pedhang, anak-anaké dipatèni lan omah-omahé diobongludhes.48Aku bakal nyegah supaya satanahkabèh wong padha ora nindakakékanisthan menèh, minangka pepélingsupaya wong wadon padha ora lakubédhang menèh kaya Ohola lan Oholiba.49Déné kowé, wong wadon lorokakang-adhi bakal Dakukum mergaenggonmu wis nindakaké pegawéannistha lan dosamu nyembah brahala.Mula kowé bakal ngerti yèn Aku ikiPangéran Kang Mahakwasa."

241 Ing dina kaping sepuluh,sasi kaping pat, taun kaping

sangané enggonku padha ana ingpembuwangan, Pangéran ngandikamarang aku mengkéné,2 "Hé wong apes, dina iki catheten,merga dina iki raja Babil wiwit ngepungkutha Yérusalèm.3Umat-Ku sing mbangkang kuwituturana nganggo pasemon. Aku,Pangéran Kang Mahakwasa sing paringpasemon kanggo wong-wong mau.

Page 1122: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 24.4–9 104

Kèncèngé isènana banyu, tumpangnaing geni.4Banjur isènana kethok-kethokandaging sing becik dhéwé — dagingpundhak lan pupu — karo balung pilihan.5Dagingé daging wedhus gèmbèlpilihan; sugokna kayu sing akèh ingsangisoring kèncèng. Banyuné karebènumob, balung lan dagingé godhogenbebarengan."6Pangandikané Pangéran KangMahakwasa mengkéné, "Kuthané wongsing seneng mematèni bakal ketekanpaukuman! Kutha mau kaya kèncèngtiyèngen sing ora tau diresiki. Kethok-kethokan daging dicidhuk siji-siji, ngantiora ana sing kèri.7 Ing kutha kéné akèh wong sing padhadipatèni, nanging ing lemah ora anatilasé getih sing ketutupan ing awu,sebab getihé padha nyiprat ana ing watukarang.8Daktogaké ana ing kana, supayagetih mau ora ketutupan lan nekakaképaukuman kanggo males sing gawépepati."9Pangandikané Pangéran KangMahakwasa mengkéné, "Kuthané wong

Page 1123: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 24.10–14 105

sing seneng matèni kuwi bakal ketekanpaukuman! Aku dhéwé sing bakalnyugokaké geniné.10Tambahana kayuné! Geninétépasana! Dagingé godhogen! Kaldhunébuwangen! Balungé obongen.11Kèncèngé tembaga sing kothongmau tumpangna ana ing mawa singmengangah. Srana mengkono kèncèngmau bakal dadi resik menèh, mergatiyèngé wis kobong kabèh.12Éwasemono ora kabèh tiyèng bakalmèlu kobong.13Hé Yérusalèm, penggawému singkurang tata kuwi njalari kowé dadi najis.Senajan wis Dakcoba Dakgawé resik,nanging kowé tetep kotor. Kowé orabakal dadi resik, yèn durung ngrasakakémulading paukuman-Ku.14Aku, Pangéran Kang Mahakwasasing ngandika. Wis tekan titi-mangsanéAku tumindak. Aku ora bakal lalikaro dosa-dosamu lan ora bakalmaringi kawelasan. Kowé bakal nampapaukuman kanggo sakèhé penggawému.Mengkono pangandikané Pangéran KangMahakwasa."

Page 1124: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 24.15–21 10615Pangandikané Pangéran marang akumengkéné,16 "Hé wong apes, Aku bakal mundhutwong sing koktresnani banget kanthidadakan. Nanging kowé aja ngresula,sambat-sambat utawa ngetokaké luh.17Kowé aja ketara yèn mentaskepatèn. Sirahmu tetepa serbanan lansikilmu sandhalan. Kowé aja nutupiraimu utawa mangan panganan singlumrahé dipangan déning wong sing lagikepatèn."18Dina kuwi, nalika isih ésuk umun-umun, aku omong-omong karo wongsawetara. Soréné bojoku kapundhut.Dina candhaké aku nindakaké kaya singdidhawuhaké déning Pangéran marangaku.19Wong-wong padha nakoni aku,"Kénging menapa panjenengantumindak mekaten?"20Wangsulanku mengkéné, "Pangéranwis ngandika karo aku yèn Panjenenganékersa paring dhawuh marang wongIsraèl mengkéné,21 ‘Kowé padha ngegung-egungakéPedalemané Allah merga enggonékukuh. Kowé seneng nyawang lan mlebu

Page 1125: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 24.22–25 107

mrono, nanging Pangéran bakal najisaképasucèn mau. Malah anak-anakmu singisih cilik kekarèné brayatmu bakal padhadipatèni ana ing peprangan.22Sawisé mengkono kowé bakal tiruaku, ora nutupi raimu lan ora manganpangan sing lumrahé dipangan déningwong sing mentas kepatèn.23Kowé yèn metu saka ngomah bakaltetep serbanan lan tetep mlaku nganggosandhal, lan kowé bakal ora sesambatutawa nangis. Kowé bakal mati ngenes,lan sesambat karo kancamu.24Kaya mengkono enggonku saikidadi pretandha marang kowé; kowébakal nindakaké apa sing daktindakaké.Pangéran ngandika, samasa kuwi maukabèh wis kelakon, kowé bakal padhangerti yèn Panjenengané mau PangéranKang Mahakwasa.’"25Pangéran ngandika menèhmengkéné, "Hé wong kang apes,Pedalemané Allah sing kukuh lan déningwong Israèl diegung-egungaké sartasing nyenengaké atiné, nganti padhaseneng nyawang lan mlebu mrono,kuwi bakal Daksirnakaké. Semono uga

Page 1126: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 24.26–25.4 108

anak-anaké wong Israèl lanang lanwadon bakal Dakpundhut.26 Ing dina kelakoné kuwi mau bakalana wong sing bisa oncat, banjur ngabarikowé.27 Ing dina kuwi uga kowé bakalbali bisa guneman menèh, mari sakaenggonmu bisu, kowé banjur bakalkandha karo wong sing nggawa kabarmau. Kaya mengkono enggonmu bakaldadi pretandha marang wong-wongIsraèl, lan wong-wong bakal ngerti yènAku iki Pangéran."

251Pangandikané Pangéran marangaku mengkéné.

2 "Hé wong apes, wedharna pangandika-Ku kanggo bangsa Amon.3Padha rungokna pangandikanéPangéran Allah Kang Mahakwasa, ‘Kowépadha bungah ndeleng Pedaleman-Kudigawé najis, ndeleng tanah Israèl dadisuwung lan sepi, lan ndeleng wongYéhuda padha dibuwang ing tanahmanca.4Sarèhné kowé padha bungah, Akubakal nekakaké bangsa-bangsa sakaara-ara samun sisih Wétan sing bakalpadha nelukaké kowé. Bangsa-bangsa

Page 1127: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 25.5–8 109

mau bakal padha ngedegaké kémahéana ing tanahmu sarta padha manggonsaterusé ana ing kono. Wong-wong maubakal padha mangan woh-wohanmusarta ngombé susuning raja-kayamu.5Kuthamu Raba bakal Dakdadèkaképangonan unta, lan setanah Amonkabèh bakal Dakdadèkaké pangonanwedhus, supaya kowé ngerti yèn Aku ikiPangéran.’"6Pangéran Kang Mahakwasa ngandikamengkéné, "Kowé padha keplok-keploklan jingkrak-jingkrak saka senengmu.Kowé padha bungah merga Israèlnandhang sangsara.7Sarèhné mengkono tumindakmu,kowé bakal Dakulungaké marangbangsa-bangsa liya sing bakal ngrampogkowé entèk-entèkan. Kowé bakalDaksirnakaké nganti tapis, nganti wisora dadi bangsa lan bakal ora duwétanah dhéwé. Sarta kowé bakal ngertiyèn Aku iki Pangéran."8Pangéran Kang Mahakwasa ngandikamengkéné, "Sarèhné Moab duwépangucap yèn Yéhuda kuwi ora bédakaro bangsa-bangsa liyané,

Page 1128: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 25.9–14 1109mulané kutha-kutha ing saurutétapel wates sing mbètèngi Moab bakalDakulungaké supaya digempur déningmungsuh, senajan kutha-kutha singéndah dhéwé kayata Bèt-Yésimot,Baal-Méon, lan Kiryataim.10Aku bakal nekakaké bangsa-bangsasaka segara wedhi sisih Wétan supayanelukaké Moab lan Amon, nganti Moabbakal mari enggoné dadi bangsa.11Moab bakal Dakukum, supaya padhangerti yèn Aku iki Pangéran."12Pangéran Kang Mahakwasa ngandikamengkéné, "Wong Édom nindakaképemales sing ambek siya banget marangYéhuda, kuwi ateges gawé kaluputangedhé.13Mulané Édom bakal Dakukum,lan saben wong sarta kéwané bakalDakpatèni. Édom bakal Dakdadèkakéjugrugan, wiwit saka kutha Témannganti tekan Dédan, sarta saben wongbakal dipatèni ana ing peprangan.14Umat-Ku Israèl bakal nindakaképemales-Ku marang Édom, nganti Édombakal ngrasakaké bentèring duka-Ku,Édom bakal ngrasakaké sepira aboté

Page 1129: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 25.15–26.3 111

pemales-Ku. Mengkono pangandikanéPangéran Kang Mahakwasa."15Pangéran Kang Mahakwasa ngandika,"Wong Filistin wis padha nindakaképemales sing ambek siya banget marangsatruné bebuyutan, nganti padhadisirnakaké kabèh.16Mulané wong Filistin bakal Dakgepuklan Daksapu resik saka ing bumi. Kabèhwong sing manggon ana ing tanah ngaréFilistin bakal Daksirnakaké.17Paukuman-Ku bakal nggegirisilan pemales-Ku bakal timbang karopaukuman-Ku, nganti bakal padha ngertiyèn Aku iki Pangéran."

261Nalika aku ana ingpembuwangan, ing taun

kaping sewelas, sasi kapisan tanggalkapisan Pangéran ngandika marang akumengkéné,2 "Hé wong apes, wong ing kutha Tiruspadha ngécé Yérusalèm karo munimengkéné, ‘Gapurané bangsa-bangsawis ambruk! Wis mari enggoné dadirajaning sudagar! Wis ora bakal dadisaingan kita menèh!’3Mulané Aku, Pangéran KangMahakwasa ngandika mengkéné,

Page 1130: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 26.4–8 112

‘Ngertia wong Tirus, yèn Aku saikidadi mungsuhmu! Aku bakal nekakakébangsa pirang-pirang nyerbu kuthamu,lan tekané bakal kaya ombaking segara.4Bètèngé kuthamu bakal digempur lanmenara-menaramu bakal dirubuhaké.Lebuné bakal Daksapu resik, mula Tirusbakal dadi gunung karang sing gundhul.5Panggonan kono bakal dadi papankanggo mépé jala ana ing satengahésegara.’ Mengkono pangandikanéPangéran Kang Mahakwasa, ‘Tirus bakaldijarah-rayah déning bangsa-bangsa;6 lan sing padha manggon ana ingkutha, ing dharatan, bakal padhadipatèni nganggo pedhang. Mula Tirusbakal ngerti yèn Aku iki Pangéran.’"7Allah Kang Mahakwasa ngandikamenèh mengkéné, "Aku bakal nekakakéNebukadnésar saka Babil, ratuning pararatu, supaya nyerbu kutha Tirus. Tekanésaka Lor, nggawa jaran, kréta perang,prejurit jaranan lan tentara akèh banget.8Sing padha manggon ana ingkutha sing ana ing dharatan bakalpadha dipatèni sajroning peprangan.Mungsuh bakal gawé kalèn-kalèn lan

Page 1131: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 26.9–14 113

tanggul-tanggul, minangka tamèng singkuwat.9Témbok-témbokmu bakal dijugrugaké,lan menara-menaramu bakal karubuhakénganggo andha wesi.10Saka akèhé jaran, bledugé bakalnutupi kowé. Swarané grobag lan krétasing digèrèd déning jaran bakal gawékedheré témbok-témbokmu samasapadha ngliwati gapura-gapurané kuthasing wis dadi gempuran.11Para prejurité jaranan bakal padhamlebu ing lurung-lurung sarta matèniwong-wongmu nganggo pedhang.Tugu-tugu sing kokandel-andelaké bakalpadha dirubuhaké.12Kasugihanmu bakal dirampas, lanbarang-barang daganganmu bakaldijarah-rayah. Bètèngmu bakal padhadijugrugaké, lan omah-omahmu singéndah bakal dibrukaké. Watu-watuné,kayu-kayuné, gapurané bakal kabuwanging segara.13Enggonmu ngidung, semono ugaenggonmu ngunèkaké clempung bakalDakendheg.14Kuthamu bakal Dakdadèkaké gunungkarang sing gundhul, dadi panggonané

Page 1132: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 26.15–17 114

para wong golèk iwak mépé jalané.Kutha mau bakal ora dibangun menèh.Mengkono pangandikané Pangéran KangMahakwasa."15Ana dhawuhé Pangéran KangMahakwasa nganggo kutha Tirusmengkéné, "Menawa kowé ditelukakéwong-wong sing padha manggon ana ingsauruting pesisir, bakal padha gemeterkrungu panjerité wong-wong sing padhadisembelèh.16Para rajaning bangsa-bangsa singlelayaran bakal padha kegèsèr sakadhamparé. Wong-wong mau bakal padhanyopot jubahé lan sandhangané réndan,banjur lungguh ing lemah karo gemeter.Saka girisé ndeleng kaananmu ngantiora lèrèn-lèrèn enggoné ndhredhegwèl-wèlan.17Wong-wong mau bakal padhanglagokaké kidungé wong kepatèn,‘Kutha sing misuwur kuwi wis ambruk!Prau-prauné wis disapu resik sakasegara. Biyèn penduduk kutha kénépadha ngwasani segara, lan nekakaképagiris marang wong sing padhamanggon ana ing pesisir.

Page 1133: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 26.18–27.1 11518Saiki, bareng kutha mau wis rubuh,wong-wong sing padha manggon ingpulo-pulo padha gemeter, merga padhakagèt ndeleng karusakan sing semonogedhéné.’"19Pangandikané Pangéran KangMahakwasa mengkéné, "Kowé bakalDakdadèkaké kutha jugrugan sing oradienggoni wong menèh. Kowé bakalDakslulupaké ing segara.20Kowé bakal Daklebokaké ana ingjagadé wong mati, dadi siji karo wong-wong sing wis mati dhèk jaman kuna.Kowé bakal manggon ana ing jagadéwong mati kono selawas-lawasé, amorkaro roh-rohé wong sing wis padha mati.Mulané kutha iki ora bakal dienggoniwong menèh, lan ora kepétung dadipanggonané wong urip.21Kowé bakal dadi conto sing nggegirisi,lan kuwi wekasané uripmu. Wong padhanggolèki kowé, nanging ora bakalnemokaké kowé menèh ing selawas-lawasé. Mengkono pangandikanéPangéran Kang Mahakwasa."

271Pangandikané Pangéran marangaku mengkéné,

Page 1134: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 27.2–9 1162 "Hé wong apes, nglagokna kidungpelayatan kanggo wong Tirus,3kutha sing ana ing sapinggiring segaralan dedagangan karo bangsa-bangsaing daérah pesisir. Kandhakna apasing dingandikakaké Pangéran kanggowong-wong mau mengkéné, ‘Tirus, kowéngegung-egungaké kaéndahanmu singsempurna.’4Omahmu ana ing segara, kowédibangun déning para ahli bangunankaya prau sing becik banget.5Kowé digawé nganggo kayu berossaka Gunung Hèrmon, lan cagakélayarmu digawé saka kayu èrès.6Dhayungmu digawé saka kayu Basan;gladhagmu digawé saka kayu cemaraSiprus, dikuwati nganggo gadhing.7Layarmu digawé saka léna alus, lénasing disulam saka tanah Mesir, gampangdititèni saka kadohan. Téndha-téndhamukagawé saka léna alus, léna wungu sakaSiprus.8Sing ndhayung wong-wong saka kuthaSidon lan Arwad. Kelasiné wong-wongmudhéwé sing padha trampil-trampil.9Para tukang-kayumu wong wasis-wasis weton saka Babil. Prau-praumu

Page 1135: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 27.10–15 117

sing lelayaran para kelasiné padha blanjaana ing toko-tokomu.10Wong Pèrsia, wong Lidia lanwong Libia padha dadi serdhadhu lantentaramu. Tamèngé lan tropongé padhacemanthèl ana ing tangsi-tangsimu.Kuwi kabèh wong-wong sing gedhéjasané, nganti kowé dadi misuwur.11Serdhadhu-serdhadhu Arwad padhanjaga bètèngmu, lan wong Gamadpadha njaga menara-menaramu.Tamèngé padha dicanthèlaké ana ingtémbok-témbokmu. Kuwi kabèh wongsing padha nambahi beciké negaramu.12Kowé padha dedagangan tekanSpanyol; slaka, wesi, timah, singakèh banget cacahé, kokijoli nganggobarang-barangmu.13Kowé padha dedagangan karowong Yunani, wong Tubal lan wongMèsèkh, barang-barangmu kokijolakébatur-tukon lan barang-barang sakaswasa.14Barang-barangmu kokijolaké jarankanggo narik kréta lan jaran tunggangansarta bihal saka Bèt-Togarma.15Wong-wong saka Rodhos padhadedagangan karo kowé, semono uga

Page 1136: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 27.16–22 118

wong-wong sing padha manggon anaing sauruté pesisir padha ngijolakégadhing lan kayu keling karo barangdaganganmu.16Wong Édom padha nukonidaganganmu lan pametuné tanahmu.Enggoné mbayar kowé nganggo permatazamrud, léna wungu, léna sulaman, lénaalus, mutiara lan permata dlima.17Wong Yéhuda lan wong Israèl padhambayar kowé nganggo gandum, madu,lenga zaitun lan bumbu-bumbu.18Wong Damsyik padha nukonidaganganmu lan mbayar nganggoanggur saka Hèlbon lan wulu wedhussaka Sahar. Padha ngijolaké wesigemblèngan lan bumbu-bumbu karobarang-barangmu.19 (27:18)20Wong Dédan padha ngijolaké lapaklan pakéan jarané.21Wong Arab lan para penggedhénébangsa Kédar padha ngijolaké wedhusgèmbèl, wedhus jawa lan wedhus bérokkaro barang-barang daganganmu.22Semono uga para sudagar ing Syébalan Raéma padha ngijolaké barang-

Page 1137: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 27.23–28 119

barangé mas-inten lan bumbu-bumbusing larang regané.23Sudagar-sudagar saka kutha Haran,Kané, lan Èden, saka Syéba lan Asyursarta Kilmad kabèh padha dedagangankaro kowé.24Padha ngedol marang kowésandhangan-sandhangan éndah,mori wungu lan mori sulaman, babutpermadhani sing manéka rupa,dhadhung lan tali-tali sing kuwat banget.25Para sudagarmu padha nunggangkapal dagang gedhé-gedhé. Kuthamupresasat kapal gedhé, kebak barangdagangan, kemambang ana ing segara.26Bareng para pendhayungmu padhanggawa kapalmu metu ana ing segara,dumadakan ana angin saka Wétanngeremaké kapalmu, adoh sakapadununganmu.27Kasugihan lan barang-barangdaganganmu, semono uga matrus-matrus lan pendhayungmu, para tukanglan para sudagarmu, sakèhé prejuritsing ana ing kapal — kabèh padha klelebing segara, kèrem bareng karo kapalmu.28Panjerité para matrus sing klelebnganti keprungu saka dharatan.

Page 1138: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 27.29–35 12029Wong kabèh nuli padha ninggalkapalé lan saben matrus nglangimenyang dharatan.30Wong kabèh padha nangisikaananmu, sirahé padha disawuri awu,banjur padha nglésod ana ing lebu.31Sirahé padha dicukur, banjur padhanganggo sandhangan bagor. Atiné sedhihbanget ndeleng kaananmu nganti nangiskelara-lara.32Padha nglagokaké kidungé wongkepatèn, karo sesambat, ‘Sapa sing bisamadhani Tirus. Tirus sing saiki kakuburana ing segara?33Para sudagarmu sing padha lelayaranmenyang negara manca padha nyukupikebutuhané saben bangsa. Raja-rajapadha dadi makmur, merga saka akèhébarang daganganmu.34Saiki kowé kèrem ana ing segara,ambles ana ing dhasaré samodra. Barangdaganganmu lan kabèh penumpangésirna bareng karo kowé ana ing segara.’35Saben wong sing manggon ana ingsauruté pesisir padha kagèt meruhikaananmu. Para rajané padha ketamaning giris, lan katon wedi banget.

Page 1139: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 27.36–28.6 12136Saiki kowé ora ana, lan ora bakalbali menèh ing selawas-lawasé. Sakèhésudagar ing bumi padha giris, mergabisa uga bakal ngalami musibah kayasing kokalami."

281Pangéran ngandika marang akumengkéné,

2 "Hé wong apes, raja Tirus kandhananayèn Aku, Pangéran Kang Mahakwasadhawuh marang wong-wong maumengkéné, ‘Omonganmu umuk,gemedhé, kandha yèn kowé kuwi allah,sing lungguh ana ing dhampar ingsatengahé samodra. Rumangsamu kowékuwi allah, nanging sejatiné dudu; kowékuwi manungsa sing apes.3Rumangsamu kowé kuwi luwihwicaksana tinimbang Dhanièl, nganti oraana prekara sing rumit kanggoné kowé.4Kawicaksananmu lan ketrampilanmusing marakaké kowé sugih raja-brana,emas lan slaka.5Kowé pancèn pinter dagang ngantibathimu akèh. Atimu mongkog mergakasugihanmu sepirang-pirang!’"6Sarèhné mengkono, Aku Pangéran,Kang Mahakwasa ngandika mengkéné,"Merga kowé rumangsa wasis kaya Allah,

Page 1140: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 28.7–12 1227Aku bakal nekakaké mungsuh singambek siya, nempuh perang marangkowé. Sakèhé barang éndah lan pengajisaka asilé kawasisan lan ketrampilanmudagang bakal disirnakaké.8Kowé bakal dipatèni lan dikubur anaing kuburan sing kebak banyu.9Yèn wong-wong mau padha tekaarep matèni kowé, apa kowé isih bakalkandha, ‘Aku iki Allah?’ Yèn kowéadu-arep karo wong sing bakal matènikowé, kowé bakal ngakoni yèn kowékuwi dudu Allah, nanging manungsa singapes.10Kowé bakal mati kaya asu ana ingtangané wong kapir saka manca negara.Mengkono pangandika-Ku, PangéranKang Mahakwasa."11Pangéran ngandika menèhmengkéné,12 "Hé wong apes, nangisana rajaTirus sing bakal nampani musibah.Kandhakna marang raja Tirus, yènAku, Pangéran Kang Mahakwasangandika mengkéné, ‘Biyèn kowé kuwiprelambangé kasampurnan. Kowé wasislan duwé kawibawan!

Page 1141: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 28.13–17 12313Kowé manggon ana ing Firdus,petamanané Allah. Direngga nganggopermata manca warna sing éndah-éndah: akik dlima lan inten, akik topas,pirus, yakut, retna, cempaka, nilam,zamrud lan alkali abang. Enggon-enggonmu saka emas. Kabèh maudicawisaké wiwit kowé lair.14Aku nugasaké kerub sing sektinjaga kowé. Kowé manggon ana inggunung-Ku kang suci lan mlaku-mlakuana ing satengahing permata singmencorong.15Tumindakmu tanpa cacad wiwit kowékatitahaké, nganti saiki kowé nglakonipiala.16Kowé laku dagang gedhèn, kuwinjalari kowé nindhes lan jahat. Mulanékowé banjur Dakbuwang saka gunungéAllah, lan kerub sing ngreksa kowébanjur nundhung kowé saka satengahépermata sing gemebyar.17Kowé gemunggung merga sakaéndahing rupamu lan merga sakamisuwurmu; pretingkahmu banjur kayawong gemblung. Mulané kowé bakalDakbuwang ana ing lebuning bumi, dadipepéling kanggo para raja liyané.

Page 1142: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 28.18–23 12418Piala sing koktindakaké sajroningdol-tinuku, gawé najisé papanpangibadahmu. Mulané kuthamu bakalDakobong nganti entèk babar-pisan. Apasing saiki katon bakal entèk dadi awu.19Kowé bakal sirna ing selawas-lawasé,lan bangsa-bangsa sing wis tau tekalan kenal karo kowé bakal padha dadigiris, merga wedi yèn iya bakal ngalamimusibah kaya kowé.’"20Pangandikané Pangéran marang akumengkéné,21 "Hé wong sing apes, wartaknamarang kutha Sidon mengkéné,22kandhakna yèn Aku, PangéranKang Mahakwasa, ngandika mengkénétumraping Sidon, ‘Sidon, Aku ikimungsuhmu. Wong-wong bakal padhamemuji marang Aku merga singDaktindakaké marang kowé. Wong-wongmau bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran,kang mahasuci, mulané ngukumwong-wong sing padha manggon ingkuthamu.23Aku bakal nekakaké pageblug lanperang, mula dalan-dalanmu bakal kebakgetih. Kowé bakal diserang mungsuhsaka kéblat papat, lan wong-wongmu

Page 1143: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 28.24–29.1 125

bakal tiwas déning pedhang. Ngantikowé bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran.’"24Pangandikané Pangéran menèh,"Bangsa-bangsa sakiwa-tengené Israèlsing biyèn ngina marang Israèl bakalmari dadi eri sing natoni Israèl menèh.Nganti bangsa-bangsa mau bakal ngertiyèn Aku iki Pangéran."25Pangéran Kang Mahakwasa ngandikamenèh mengkéné, "Aku bakal mbalèkakéwong Israèl saka satengahé bangsa-bangsa nalika Dakbuyaraké, ngantibangsa-bangsa bakal ngerti yèn Aku ikiPangéran kang mahasuci. Umat Israèlbakal manggon ana ing tanahé dhéwé,tanah sing Dakparingaké marang Yakubabdi-Ku.26Umat kuwi bakal manggon ana ingkana kanthi tentrem. Ana ing kanabakal padha gawé omah lan yasa kebonanggur. Para bangsa sakiwa-tengenésing ngrèmèhaké bakal Dakukum, sartaIsraèl bakal manggon kanthi tentrem lanngerti yèn Aku iki Pangéran, Allahé."

291Nalika enggonku padha ana ingpembuwangan nyandhak taun

kaping sepuluh, mbeneri sasi kasepuluh

Page 1144: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 29.2–6 126

tanggal ping rolas, ana dhawuhéPangéran marang aku mengkéné,2 "Hé wong apes, wartakna marang rajaing Mesir. Kandhakna yèn satanah Mesirkabèh bakal kaukum.3Mengkéné dhawuhé Pangéran KangMahakwasa marang raja Mesir, ‘Aku ikimungsuhmu, hé baya galak sing njerumana ing kali. Kowé kandha-kandha yènBengawan Nil kuwi duwèkmu lan kowésing gawé.4Aku bakal masang cangkolan ana ingwangmu lan iwak-iwak kali bakal padhakraket ing sisikmu. Kowé banjur bakalDaktarik, Dakentas saka Bengawan Nil,karo sakèhé iwak sing temèmplèk anaing awakmu5 lan Dakbuwang ana ing segara wedhi.Awakmu bakal gemléthak ana ing lemahtanpa dipendhem, dadi pakané manuklan kéwan-kéwan alasan.6Nganti wong-wong ing Mesirbakal ngerti yèn Aku iki Pangéran.’"Pangandikané Pangéran menèh, "WongIsraèl padha ngendelaké kekuwatanmu,nanging satemené kowé kuwi mungteken sing ringkih.

Page 1145: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 29.7–12 1277Yèn kanggo nyagak banjur coklèk,lan nyubles cangklakané wong singnganggo, sarta nyuwèkaké gegeré.8Mulané Aku, Pangéran KangMahakwasa ngandika marang kowé, yènAku bakal nekakaké wong-wong singnyerang kowé nganggo pedhang, matèniwong-wongmu lan raja-kayamu.9Mesir bakal dadi tanah sepi, lan kowébakal ngerti yèn Aku iki Pangéran.""Sarèhné kowé kandha yèn BengawanNil kuwi duwèkmu lan kowé sing gawé,10mulané saiki Aku dadi mungsuhmulan mungsuhé Bengawan Nil. TanahMesir kabèh bakal Dakdadèkaké ara-arasamun, wiwit saka kutha Migdol ing sisihLor tekan kutha Aswan ing sisih Kidulsauruté tapel watesé tanah Sudan.11Sajroné patang puluh taun bakalora ana manungsa utawa kéwan singngambah utawa manggon ana ing kono.12Mesir bakal Dakdadèkaké panggonansing sepi nyenyet dhéwé ing salumahingbumi. Nganti patang puluh taun lawasékutha-kutha ing tanah Mesir bakalrupa jugrugan, ngungkuli kutha-kuthaliyané. Wong Mesir bakal Dakdadèkaképengungsi, lan bakal padha keplayu

Page 1146: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 29.13–17 128

menyang negara-negara liyané sartamanggon ana ing kana ing satengahébangsa-bangsa."13Pangéran Kang Mahakwasa ngandikamengkéné, "Sawisé patang puluh taunwong Mesir sing Daksebar ana ingsatengahé para bangsa mau bakalDakbalèkaké menèh ana ing tanahédhéwé.14Dakpapanaké ana ing tanah Mesirsisih Kidul, tanah asalé. Ana ing kanabakal dadi kraton sing ringkih,15 sing cilik dhéwé ing antaranékraton-kraton liyané, mula selawasébakal ora njajah bangsa-bangsa liyanémenèh. Bakal Dakgawé ringkih banget,nganti ora bisa nelukaké bangsa-bangsaliyané nuruti kekarepané.16 Israèl bakal ora gemantung sakapitulungané Mesir menèh. Malah nasibéMesir bakal tansah dadi pepélingtumraping Israèl supaya aja ngendel-endelaké Mesir menèh. Lan Israèlbakal ngerti yèn Aku iki Pangéran KangMahakwasa."17Nalika enggonku padha ana ingpembuwangan nyandhak taun pingpatlikur, ing sasi kapisan tanggal

Page 1147: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 29.18–30.2 129

kapisan, Pangéran ngandika marang akumengkéné,18 "Hé wong apes, Raja Nebukadnésarbakal nglurug perang menyang Tirus.Para prejurité nggawa momotan abotnganti sirahé padha plonthos lan bahunépadha mlècèt, nanging raja lan paraprejurité padha ora nampa apa-apaminangka liruné kangèlané.19Aku, Pangéran Kang Mahakwasangandika bab kuwi mengkéné, ‘TanahMesir bakal Dakulungaké marangRaja Nebukadnésar. Raja mau bakalnjarah-rayah kasugihané Mesir kanggombayar tentarané.20Mesir Dakulungaké minangka opahé,merga tentarané wis nglakoni dhawuh-Ku. Aku Pangéran Kang Mahakwasa kangdhawuh.’21Samasa wis kelakon, Israèl bakalDakgawé rosa lan kowé Yéhezkièl, bakalngandhakaké marang angger wong,supaya wong kabèh krungu lan ngertiyèn Aku iki Pangéran."

301Pangandikané Pangéran menèh,2 "Hé wong apes, medhara

wangsit lan wartakna pangandika-Ku,Pangéran Kang Mahakwasa. Wartakna

Page 1148: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 30.3–8 130

sing seru mengkéné, Bakal ana mangsapanyia-nyia!3Dinané wis cedhak. Ing dina kuwiPangéran bakal tumindak. Dinasing kebak mendhung lan pepetengtumraping para bangsa.4 Ing tanah Mesir bakal ana peprangan,Sudan bakal gemeter. Ing Mesir wongakèh bakal padha dipatèni, tanah maubakal dijarah-rayah lan dadi ludhesan.5 Ing peprangan mau akèh prejuritséwan sing bakal dipatèni, yakuwiprejurit séwan saka Sudan, Lidia, Libia,Arab, Kub, malah iya wong Israèl akèh."6Pangandikané Pangéran KangMahakwasa mengkéné, "Saka Migdoling sisih Lor tekan Aswan ing sisihKidul akèh prejurit sing bakal matiana ing peprangan. Tentara Mesir singangkuh bakal katumpes. Pangéran KangMahakwasa sing ngandika.7Tanah kuwi bakal dadi sepi dhéwé ingsalumahing bumi, lan kutha-kuthanébakal dadi ludhesan kabèh.8Yèn Mesir wis kaboyong lan paraprejurité mati kabèh, Mesir bakal ngertiyèn Aku iki Pangéran.

Page 1149: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 30.9–13 1319Samasa tekan mangsané lan Mesirwis katumpes, Aku bakal ngutus tentaranumpak kapal nyerbu tanah Sudankanthi dadakan, mula wong-wong ingkana bakal padha gemeter. Dina kuwibakal kelakon!"10Pangandikané Pangéran KangMahakwasa, "Nebukadnésar, raja ingBabil, bakal Dakagem nguras kasugihanétanah Mesir.11Raja mau lan tentarané sing ambeksiya bakal teka numpes tanah kono.Mesir bakal diserang nganggo pedhang,lan tanah mau bakal kebak mayité wongsing padha dipatèni.12Bengawan Nil banyuné bakal Daksatlan Mesir bakal Dakulungaké landijajah déning wong ala. Mesir bakalditumpes kabèh déning wong manca.Aku, Pangéran Kang Mahakwasa singngandika."13Pangandikané Pangéran KangMahakwasa, "Aku bakal numpes sakèhéreca lan brahala sing ana ing Mèmfis. IngMesir bakal ora ana penggedhé menèhlan kabèh wong bakal ketaman pagiris.

Page 1150: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 30.14–20 13214Aku bakal numpes lan ngobongkutha-kuthané mengalor tekan Soan.Kutha Tèbès bakal Dakukum.15Kutha Pelusium, bètèngé Mesirsing kukuh dhéwé, bakal ngrasakakémulading duka-Ku. Kasugihané Tèbèsbakal Daksirnakaké.16Mesir bakal Dakobong lan Pelusiumbakal ngalami sangsara. Bètèngé Tèbèsbakal ambruk, lan kutha mau bakalkebanjiran.17Para nonoman ing kutha-kuthaHéliopolis lan Bubastis bakal padha matiana ing peprangan, lan kekarèné bakaldidadèkaké tawanan perang.18Takhpanhès bakal nampani pepetengsamasa pangwasané Mesir sing diegung-egungaké Dakpepesaké. Mesir bakalketutupan ing mendhung lan pendudukékutha-kuthané bakal kaboyong kabèhdadi tawanan perang.19Yèn wis ngrasakaké paukuman-Kusing kaya mengkono mau Mesir bakalngerti yèn Aku iki Pangéran."20Nalika enggonku padha ana ingpembuwangan nyandhak taun pingsewelasé, sasi kapisan, ing dina kapitu,Pangéran ngandika marang aku,

Page 1151: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 30.21–25 13321 "Hé wong apes, lengené raja Mesirwis Dakputung. Ora ana wong singmerban utawa mrenahaké lengen mauing cangklongan supaya bisa tuntummenèh lan kuwat nyekel pedhang.22Mulané Aku, Pangéran KangMahakwasa dhawuh mengkéné, ‘Akuiki mungsuhé raja Mesir. Lengenéloro-loroné bakal Dakputung, ya lengenésing isih wutuh, ya lengen sijiné sing wisputung, mula pedhangé bakal mrucutsaka tangané.23Wong Mesir bakal Dakbuyaraké anaing salumahé bumi.24Yèn wis mengkono lengené raja Babilbakal Dakgawé rosa lan pedhang-Kubakal Dakcekelaké ana ing tangané.Nanging lengené raja Mesir karo-karonébakal Dakputung, nganti bakal gereng-gereng sesambat lan mati ana ingngarepé mungsuhé.25Raja Mesir bakal Dakpepespangwasané, nanging raja BabilDakgawé sentosa. Yèn pedhang-Ku wisDakcekelaké ana ing tangané, anggerwong bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran.

Page 1152: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 30.26–31.6 13426Wong Mesir bakal Daksebar ana ingsalumahing bumi, sarta padha ngerti yènAku iki Pangéran.’"

311Nalika enggonku padha ana ingpembuwangan nyandhak taun

kaping sewelas, sasi kalima tanggalkapisan, Pangéran ngandika marangaku,2 "Hé wong apes, kandhakna karo RajaPringon lan wong Mesir mengkéné,‘Pangwasamu gedhé banget, sapa singbisa nandhingi kowé?3Kowé presasat sédar ing Libanon,wit sing becik ngrembuyung godhongé,dhuwuré sundhul ing langit.4Dibutuhaké banyu kanggo tuwuh, lankali-kali ing sangisoré lemah sing awèhpangan. Kuwi sing mbanyoni lemahpanggonané tuwuh, lan awèh banyumarang sakèhing wit-witan sing ana ingalas kono.5Sarèhné banyuné cukup, wit èrès mautuwuh saya gedhé ngungkuli wit-witliyané. Pang-pangé dadi gedhé lan dawa.6Manuk-manuk manéka-warna padhanusuh ana ing pang-pangé. Kéwan alaspadha manak ing sangisoré pang-pangé.

Page 1153: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 31.7–12 135

Bangsa-bangsa salumahé bumi padhagolèk pengayoman ana ing sangisoré.7 Iba éndahé wit èrès kuwi — gedhédhuwur tur pangé gedhé-gedhé landawa-dawa. Oyodé nembus tekansumber-sumber ing sangisoré lemah.8Ora ana wit èrès sing ana ingpetamanané Pangéran sing bisanandhingi wit mau. Ora ana wit cemarasing pang-pangé kaya kuwi, lan ora anawit beros sing pangé ngrembuyung kayangono. Ora ana wit ing petamanané Allahsing beciké ngungkuli wit èrès kuwi.9Aku sing gawé wit kuwi becik lanpang-pangé padha mekar. Saben witmèri karo wit èrès mau.’10Aku Pangéran Kang Mahakwasaparing weruh apa sing bakal dialamidéning wit èrès sing pang-pangé ngantisundhul ing awang-awang. Saya dhuwursaya tambah gemunggungé.11Mulané banjur Daktampik lanDakulungaké ing tangané raja sakatanah manca. Kuwi sing bakal ngganjarwit mau timbang karo penggawéné singala.12Raja-raja ngamanca sing ambek siyabakal padha negor wit mau lan ditinggal

Page 1154: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 31.13–15 136

gemléthak ana ing lemah. Pang-pangélan godhongé sing ngrembuyung bakalnibani gunung-gunung lan lembah-lembah ing sawratané tanah kono.Sakèhé bangsa-bangsa sing biyènmanggon ana ing sangisoré pang-pangébakal padha lunga.13Manuk-manuk bakal padha teka lanménclok ana ing wit sing ambruk mau,sarta kéwan-kéwan galak bakal padhamlaku nglumpati pang-pangé.14Dadi wiwit saiki bakal ora ana wit,senajana wit sing olèh banyu akèh, singbisa tuwuh dadi gedhé, sing dhuwurésundhul ing méga. Wit-witan kabèhpinesthi apes kaya manungsa, iyapinesthi mati nunggal karo sing padhamedhun ana ing jagading pati."15Pangandikané Pangéran KangMahakwasa mengkéné, "Ing dinaambruké wit gedhé mau menyangdonyané wog mati, sumber-sumber ingsangisoring bumi bakal Dakdhawuhingeleb panggonan kono minangkatandha béla-susah. Kali-kali bakalDakdhawuhi mandheg enggoné mili,semono uga iliné kali-kali Dakendheg.Sarèhné wit gedhé kuwi wis mati,

Page 1155: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 31.16–18 137

mulané Aku bakal nekakaké pepetengana ing pegunungan Libanon, ngantiwit-wit sing ana ing kono bakal padhaalum.16Yèn wit gedhé mau wis ana ingdonyané wong mati, rubuhé bakalkanthi gemuruh, nganti rubuhé maungoregaké para bangsa. Wit-wit sing anaing petamanan Èden lan sakèhé wit-witpilihan sing ora kekurangan banyu ingLibanon sing wis padha ana ing donyanéwong mati bakal padha bungah mergarubuhé wit gedhé mau.17Lan bakal padha ngiring lakuné witgedhé mau mlebu ing donyané wongmati kumpul karo sing padha ambrukluwih dhisik. Lan sapa waé sing taungéyub ana ing sangisoré wit gedhé maubakal kabuyaraké ing satengahé parabangsa.18Wit gedhé mau ora liya raja Mesir lanrakyaté kabèh. Wit-wit ing petamananéAllah ora ana sing madhani gedhéné lankawibawané. Nanging saiki, ora bédakaro wit-witan sing ana ing petamananÈden, wit gedhé mau iya bakal manggoning donyané wong mati, kumpul karowong-wong kapir sing ora kenal karo

Page 1156: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 32.1–5 138

Allah, lan karo wong-wong sing tiwas anaing peprangan. Mengkono pangandikanéPangéran Kang Mahakwasa."

321Nalika enggoné padha ana ingpembuwangan nyandhak taun

ping rolas, ing sasi kaping rolas, tanggalkapisan ana dhawuhé Pangéran marangaku,2 "Hé wong apes, raja Mesir tuturanasing temenan. Pangandika-Ku ikikandhakna, ‘Pratingkahmu ing antaranépara bangsa kuwi kaya singa, nangingsajané kowé kuwi ngèmperi baya singciblon ana ing kali. Banyuné kokgawébuthek nganggo sikilmu, mula kali-kalidadi reged.3Yèn para bangsa padha nglumpuk,kowé bakal Dakjala lan kowé bakaldigèrèd saka kali menyang dharatan.4Kowé bakal Dakbanting ana ing lemahlan dagingmu Dakpakakaké manuk ingawang-awang lan kéwan-kéwan ingsalumahing bumi karebèn padha wareg.5Gunung-gunung lan lembah-lembahbakal Dakkebaki dagingmu sing bosokkuwi.

Page 1157: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 32.6–11 1396Getihmu bakal Dakesokaké lanDakciprataké ana ing gunung-gunungsarta Dakilèkaké ana ing kali-kali.7Samasa kowé Daktumpes, langit bakalDaktutupi lan lintang-lintang padhaDakpetengi. Srengéngé bakal Daktutupinganggo mendhung lan rembulan bakalora nyorotaké padhangé.8Kabèh sing sumunar ana inglangit bakal Dakdadèkaké peteng lansalumahing bumi bakal Dakkemulipepeteng. Aku, Pangéran KangMahakwasa kang ngandika.9Akèh bangsa bakal padha susahsamasa krungu sing Dakwartakakémarang sakèhé negara bab sangsarasing nekani kowé.10Bangsa-bangsa bakal padha kagètyèn krungu apa sing Daktindakakémarang kowé. Samasa Aku ngobat-abitaké pedhang-Ku, raja-raja bakalpadha gemeter saka wediné. Ingdina sirnamu, sakèhé raja-raja bakalpadha wèl-wèlan saka wediné merganyumelangaké uripé dhéwé.’"11Pangéran Kang Mahakwasa ngandikamarang raja Mesir, "Kowé bakal ngadhepipedhangé raja Babil.

Page 1158: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 32.12–17 14012Aku bakal nekakaké serdhadhu-serdhadhu sing ambek siya saka bangsangendi-endi. Bakal padha ngunuspedhangé matèni para kawulamukabèh. Wongmu kabèh, lan samubarangliyané sing kokegung-egungaké bakaldisirnakaké.13Raja-rajamu bakal Dakpatèni ingpanggonané ngombé. Mula bakal oraana manungsa utawa kéwan sing gawébutheké banyu menèh.14Banyu-banyu bakal menep lan balibening menèh, kali-kali bakal antengiliné.15Samasa Mesir wis Dakdadèkaké sepimamring lan apa sing urip ing kanawis Daktumpes kabèh, ing kono wongbakal ngerti yèn Aku iki Pangéran KangMahakwasa.16Pepéling sing tandhes iki dadianyanyiané wong kepatèn. Parawong wadoné bangsa-bangsa bakalngidungaké nyanyian kuwi kanggonangisi Mesir lan penduduké sing padhamati. Mengkono pangandikané PangéranKang Mahakwasa."17Nalika enggonku padha ana ingpembuwangan nyandhak taun ping

Page 1159: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 32.18–21 141

rolas, ing sasi kapisan tanggal limalas,Pangéran ngandika marang aku,18 "Hé wong apes, wong Mesir pirang-pirang sing padha mati kuwi tangisana.Wong-wong sing padha mati lan pararajané bangsa-bangsa sing gedhépangwasané kuwi cemplungna ingdonyané wong mati.19Kowé munia mengkéné, ‘Apa kokkirakowé kuwi luwih becik ketimbangkaro wong-wong liyané? Kowé bakalkacemplungaké ana ing donyané wongmati, lan ana ing kono bebarengan karowong sing ora kenal karo Allah.’20Wong-wong Mesir bakal kalebokakéing donyané wong mati, bebarengankaro wong-wong sing padha mati anaing peprangan. Pedhangé wis kaunus,kanggo matèni wong mau kabèh.21Para pahlawan sekti sing biyèndadi balané Mesir, padha methukakéwong-wong Mesir sing mlebu ana ingdonyané wong mati. Padha surak-surakmengkéné, ‘Wong-wong sing padha orakenal karo Allah lan mati ing sajroningpeprangan padha teka lan saiki padhaamor ana ing kéné!’

Page 1160: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 32.22–25 14222Asyur ana ing kono, dikubengipekuburan-pekuburané paraserdhadhuné.23Kuwi kabèh padha mati ing sajroningpeprangan, kuburané ana ing donyanéwong mati sing jero dhéwé. Kabèhserdhadhuné sing mati ing pepranganana ing kono, lan kuburané padhangubengi Asyur. Nanging dhèk biyènwong-wong mau tau gawé girisé wongurip.24Élam iya ana ing kono, dikubengikuburané serdhadhu-serdhadhuné.Wong mau kabèh matiné ana ingpeprangan, lan mlebu ing donyané wongmati tanpa kenal karo Allah. Nalika uripépadha nggegirisi, nanging saiki padhagemléthak mati, diasoraké banget.25Élam amor karo wong-wong singpadha mati ana ing peprangan,kinubengan déning kuburané serdhadhu-serdhadhuné kabèh. Kuwi kabèh wongsing padha ora tepung karo Gusti Allah,lan mati ana ing peprangan. Nalikauripé padha nggegirisi, nanging saikigemléthak lan diasoraké banget. Nasibépadha karo wong-wong liyané singpadha mati ana ing peprangan.

Page 1161: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 32.26–29 14326Mèsèkh lan Tubal iya ana ing kono,dikubengi kuburané para serdhadhuné.Kuwi kabèh wong sing padha orawanuh karo Allah, lan matiné ana ingpeprangan. Éwasemono dhèk biyènpadha dadi girisé wong urip.27Wong-wong mau padha dikuburnganggo pakurmatan, kaya carané wongngubur pahlawan dhèk jaman kuna. Parapahlawan mau mlebu ing donyané wongmati nganggo sandhangan perwira landigawani gegamané kabèh. Pedhangédisèlèhaké ing sangisoré sirahé lantangané ditumpangaké ana ing awaké.Para pahlawan mau dhèk biyèn gedhépangwasané lan gawé girisé wong urip.28Kaya mengkono kuwi para wongMesir enggoné gemléthak ana ingantarané wong sing mati ing peprangan,sing padha ora kenal karo Allah.29Édom iya ana ing kono karo pararajané lan para penggedhéné. Biyèn dadiperwira-perwira sing gedhé pangwasané,nanging saiki padha gemléthak anaing donyané wong mati, awor karowong-wong sing padha ora kenal karoAllah, lan padha mati ana ing peprangan.

Page 1162: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 32.30–33.2 14430Para bangsawan negara-negarasisih Lor iya padha ana ing kono, lanwong-wong Sidon. Wong-wong kuwidhèk biyèn padha nggegirisi, nangingsaiki padha nandhang sangsara anaing donyané wong mati, amor karowong sing mati ana ing peprangan,wong-wong sing padha ora kenal karoAllah.31Ndeleng wong sing mati ana ingpeprangan kuwi bakal dadi panglipurkanggoné raja Mesir lan tentarané.Mengkono pangandikané Pangéran KangMahakwasa.32Raja Mesir pancèn Dakdadèkakénggegirisi kanggo wong urip, nangingwong mau lan tentarané bakal dipatènilan gemléthak amor karo wong-wong sing ora wanuh karo Allah,sing padha mati ana ing peprangan.Mengkono pangandikané Pangéran KangMahakwasa."

331Pangéran ngandika marang akumengkéné,

2 "Hé wong apes, pangandika-Ku ikiterusna marang bangsamu, yèn Aku nekakaké peprangan ing sawijining negara,

Page 1163: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 33.3–8 145

wong-wong ing negara mau rak milihwong jaga siji.3Yèn wong mau weruh mungsuh teka,banjur ngunèkaké slomprèt kanggongabari saben wong yèn ana mungsuhteka.4Yèn ana wong sing krungu swaranéslomprèt, nanging emoh nggatèkaké,samasa mungsuh teka matèni wongmau, matiné kuwi merga saka salahédhéwé.5Patiné ditanggung dhéwé merga oranggatèkaké pepéling. Yèn nggatèkaké,rak bisa oncat.6Nanging yèn wong jaga mau weruhana mungsuh teka, mangka orangunèkaké slomprèt, mungsuh mausatekané banjur bakal matèni wong-wong ing kono, wong jaga mau kudunanggung patiné wong-wong sing padhadipatèni kuwi.7Mulané, hé Yéhezkièl, kowé bakalDakdadèkaké penjagané bangsa Israèl.Samasa kowé krungu pangandika-Ku,wong-wong nuli padha élingna.8Samasa Aku ngandika marang wongduraka yèn bakal mati, mangka kowé orangélingaké supaya mratobat, lan tetep

Page 1164: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 33.9–12 146

urip, wong mau bakal mati merga sakadurakané, nanging Aku bakal mundhuttanggung jawab bab nyawané marangkowé.9Nanging menawa kowé ngélingakéwong duraka mau supaya mratobat,mangka wongé emoh mratobat, wongkuwi bakal mati merga saka pialané,nanging nyawamu dhéwé bakal slamet."10Pangéran ngandika marang aku,"Yéhezkièl, wong Israèl kandhananamengkéné, ‘Kowé padha muni, akupadha nyangga sakèhé dosaku lanpenggawéku sing ala, mula aku padhatiwas. Kepriyé bisaku padha lestari urip?’11Wong-wong kuwi kandhanana, ‘DemiAku iki Pangéran Kang Mahakwasa,Allah kang gesang, Aku ora ngersakaképatiné wong ala. Nanging ngersakakémratobaté, supaya lestaria urip. SingDakkersakaké supaya padha marènienggoné nglakoni duraka lan padhalestaria urip. Mulané hé Israèl, marènanaenggonmu gawé dosa. Yagéné kowépadha seneng mati?’12Hé Yéhezkièl, wong Israèlkandhanana, yèn ana wong mursid gawédosa, wong mau bakal ora dislametaké

Page 1165: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 33.13–17 147

déning penggawé becik sing wis dilakoni.Yèn wong jahat marèni pialané, wongmau bakal ora kaukum, lan wong mursidsing nglakoni dosa ora bakal diéman.13Senajan Aku janji paring urip karowong mursid, nanging samasa wongmau duwé rumangsa yèn kamursidanésing uwis-uwis kuwi wis cukup, banjurnglakoni dosa, Aku bakal ora ngélingikamursidané sing wis kepungkur. Wongmau bakal mati merga saka dosané.14Senajan Aku wis ngélingaké wongala yèn bakal mati, mangka wong maubanjur marèni enggoné gawé dosa sartanglakoni sing bener lan becik,15kayata mbalèkaké barang singkanggo tanggungan utang marang wongmau, utawa mbalèkaké barang singdicolong, sarta wong mau banjur netepidhawuh-dhawuh sing njalari urip, wongmau bakal ora mati.16Dosa-dosa sing wis dilakoni bakalDakapura, lan wong mau bakal lestariurip merga wis nglakoni sing bener lanbecik.17Wong Israèl iya padha muni, yènapa sing Daktindakaké mau ora bener!

Page 1166: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 33.18–24 148

Nanging ora mengkono. Sing ora benerwong kuwi.18Yèn ana wong mursid ninggalkamursidané lan nglakoni piala, kuwimesthi bakal mati merga saka pialanémau.19Kosokbaliné yèn wong duraka ninggaldurakané, banjur nglakoni sing benerlan becik, mesthi bakal urip merga sakatumindaké mau.20Nanging Israèl kandha yèn apasing Daktindakaké kuwi ora bener! Yènmengkono kowé bakal Dakadili manutkelakuanmu dhéwé-dhéwé."21Nalika enggonku padha kabuwangnyandhak taun ping rolas, ing sasi pingsepuluh, dina kalima, aku ketekan wongsing oncat saka Yérusalèm, kandha yènYérusalèm wis karebut déning mungsuh.22Soré sadurungé tekané wong mauaku dikwaosi déning Rohé Pangéran.Bareng wong mau teka, aku bisa caturanmenèh.23Pangéran ngandika marang aku,24 "Yéhezkièl! Wong-wong sing padhamanggon ana ing jejugrugané kutha-kuthané Israèl kuwi padha duwépocapan mengkéné, ‘Abraham nalika isih

Page 1167: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 33.25–27 149

piyambakan kaparingan tanah iki kabèhdadi pusakané. Saiki kita wis dadi akèh,mulané tanah iki kabèh dadi pusaka kitakabèh.’"25Kandhaa karo wong-wong mauyèn Aku, Pangéran Kang Mahakwasangandika marang wong-wong maumengkéné, "Kowé padha mangandaging sing isih ana getihé. Kowé padhanyembah brahala lan matèni wong.Ketemu pirang prekara kok kowé bisakandha yèn tanah iki duwèkmu?26Kowé padha ngendelaké pedhangmu.Tingkah-lakumu nistha, sebab anggerwong ing antaramu padha nylèwèng. Apasebabé déné kowé duwé penganggepyèn tanah iki duwèkmu?27Kandhaa karo wong-wong mau,demi Aku iki Pangéran mahakwasakang gesang, sakèhé wong sing padhamanggon ana ing jejugrugané kutha-kutha ing Israèl kuwi bakal dipatènikabèh. Sing padha manggon ana ingsanjabané kutha bakal padha matidipangan kéwan galak. Sing padhamanggon ing pegunungan lan ingguwa-guwa bakal padha mati déningpageblug.

Page 1168: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 33.28–33 15028Tanah mau bakal dadi ara-ara samun,lan pangwasané sing diumukaké bangsakuwi bakal tamat. Gunung-gunungétanah Israèl bakal kebak bebaya, ngantiora ana wong sing wani liwat ing kono.29Yèn wis ngrasakaké paukuman-Kubab dosa-dosané, wong-wong maulagi bakal padha ngerti yèn Aku ikiPangéran."30Pangandikané Pangéran menèhmengkéné, "Yéhezkièl! Wong Israèlpadha ngrasani kowé samasa lagipadha kumpulan lan ana ing omahédhéwé-dhéwé. Tembungé, ‘Ayo padhanekani Yéhezkièl, ana pangandikanéPangéran apa marang kita.’31Umat-Ku padha nglumpuk arepngrungokaké apa sing bakalDakkandhakaké, nanging apa singkokkandhakaké mau padha ora dilakoni.Tembungmu mung dianggep kekidungan,mulané padha nerusaké lakuné sing ala.32Kowé mung dianggep wong mbarangsing menyanyi karo nabuh clempung.Padha krungu tembungmu, nangingpadha ora ngrèwès sethithik-thithika.33Nanging mbésuk menawatembungmu ketitik nyata — lan

Page 1169: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 34.1–6 151

kuwi bakal kelakon — wong-wongmau bakal ngerti yèn ana nabi ingsatengahé."

341Pangandikané Pangéran marangaku,

2 "Hé Yéhezkièl, wartakna marangpara penggedhé ing Israèl. Medharawangsit marang wong-wong kuwi,kandhanana apa sing dadi dhawuh-Ku,Pangéran Kang Mahakwasa, mengkéné,‘Cilaka kowé, para pangoné Israèl! Kowépadha mikir awakmu dhéwé, padha orangrumati wedhusmu.3Powané padha kokombé, wulunékokenggo gawé sandhangan, nangingwedhus sing becik dhéwé kokpatèni landagingé kokpangan.4Wedhus sing ringkih ora kokrumat,sing lara ora koktambani, sing tatu orakokblebed, sing kesasar ora kokgawabali, sing ilang ora kokgolèki. Malah singkuwat koksiya-siya.5Sarèhné ora duwé pangon, wedhus-wedhus mau padha buyar, mula padhadimangsa déning kéwan galak.6Wedhus-Ku padha nglambrang anaing pegunungan lan gunung-gunungsing dhuwur. Padha sumebar ana ing

Page 1170: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 34.7–10 152

salumahé bumi, mangka ora ana singngopèni utawa nggolèki.7Mulané hé para pangon, rungoknapangandika-Ku.8Demi Aku iki Pangéran KangMahakwasa, kang sipat gesang, padhangrungokna dhawuh-Ku. Para wedhus-Ku padha ditubruk déning kéwan galak,dipatèni lan dimangsa, merga padhaora duwé pangon sing ngawasi. Parapangon-Ku padha ora niyat nggolèki lannemokaké wedhus-wedhus mau. Parapangon mung padha mikiraké awakédhéwé, lan ora mikir wedhusé.9Mulané saiki padha rungokna, hé parapangon.10Aku, Pangéran Kang Mahakwasangandika, kowé bakal Dakmungsuh,wedhus-wedhus-Ku bakal Dakpundhutsaka kowé, lan kowé bakal Daklèrènienggonmu dadi pangon ing selawas-lawasé. Nanging kowé iya bakal orabisa mikir awakmu dhéwé. Wedhus-wedhus-Ku bakal Dakuwalaké sakakowé, mula kowé bakal ora bisa manganwedhus-wedhus mau.’"

Page 1171: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 34.11–16 15311 "Aku Pangéran Kang Mahakwasabakal madosi wedhus-wedhus-Ku lanbakal Dakrumati,12kaya carané pangon ngrumatiwedhus-wedhusé sing sumebar landiklumpukaké menèh. Bakal padhaDakklumpukaké saka ing pangonan-pangonan enggoné kabuyaraké, nalikaana pepeteng lan bebaya.13Bakal Dakluwari saka satengahébangsa-bangsa manca, banjurDakklumpukaké dadi siji sarta Dakiridmulih menyang tanahé dhéwé. Bakalpadha Daktuntun bali menyang gunung-gunung lan kali-kaliné Israèl sartaDakengon ana ing pangonan singnyegeraké.14Mula bakal padha nyenggut karoayem ana ing pasuketan ing gunung-gunung lan lembah-lembah sarta ingpangonan-pangonan sing ana ing Israèl.15Aku dhéwé sing bakal dadi pangonéwedhus-wedhus-Ku, sarta sing bakalnyawisaké papan pengasoan. Mengkonopangandikané Pangéran.16Wedhus sing ilang bakal Dakgolèki,sing kesasar bakal Dakulihaké, singtatu bakal Dakblebed, sing lara bakal

Page 1172: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 34.17–22 154

Daktambani. Nanging sing lemu lan singrosa bakal Daksirnakaké, merga Aku ikiPangon sing nindakaké apa samesthiné.17Hé para wedhus-Ku, Aku PangéranKang Mahakwasa bakal ngadili wedhus-wedhus-Ku siji-sijiné. Sing becik bakalDakpisah saka sing ala, sing gèmbèlDakpisah saka sing bérok.18 Ing antaramu ana sing ora maremnyenggut suket sing becik dhéwé, orakokpangan malah kokidak-idak! Banyubening sing kokombé, dudu sing buthek!19Wedhus-Ku liya-liyané kudu mangansuket sing kokidak-idak lan ngombébanyu sing kokubek-ubek.20Mulané, Aku Pangéran KangMahakwasa bakal nindakaké keadilaning satengahé wedhus-wedhus sing rosalan sing ringkih.21Wedhus-wedhus sing laranenkokdhesek minggir lan kokgusah ngantimetu saka pepanthan.22Nanging wedhus-wedhus kuwi bakalDakluwari lan ora bakal Daktégakakékasiya-siya. Saben wedhus-Ku bakalDakrengkuh kanthi adil, sing becik bakalDakpisah saka sing ala.

Page 1173: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 34.23–27 15523Aku bakal ngangkat pangon dadiratuné, kaya Dawud abdi-Ku. Pangonsing bakal ngrumati wedhus-wedhus-Ku.24Aku, Pangéran, bakal jumeneng dadiAllahé, lan bakal ana ratu kaya abdi-KuDawud sing bakal mrenata. Mengkonodhawuh-Ku.25Aku bakal nganakaké prejanjian karoumat-Ku sing nanggung yèn umat-Kubakal urip ayem tentrem. Sakèhékéwan galak ing tanah kéné bakalDaksirnakaké, nganti wedhus-wedhus-Ku uripé ana ing pangonan krasa aman,lan padha bisa turu ana ing alas.26Wedhus-wedhus-Ku mau bakalDakberkahi lan Dakpapanaké ingsakubengé gunung-Ku sing suci. Anaing kono bakal padha Dakberkahi,Dakparingi udan ing mangsané.27Wit-witané bakal metokaké woh,palemahané bakal ngasilaké panèn, lanangger wong bakal urip kanthi tentremlan ayem ana ing omahé dhéwé-dhéwé.Samasa blengguné wis Dakpedhot lanumat-Ku wis Dakluwari saka tanganéwong-wong sing ndadèkaké baturtukon,ing kono umat-Ku bakal ngerti yèn Akuiki Pangéran.

Page 1174: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 34.28–35.3 15628Umat-Ku bakal ora dijarah-rayahmenèh déning para wong kapir, sartaora dipatèni lan dimangsa déning kéwangalak. Uripé bakal tentrem-rahayu lanora ana wong sing bakal ngganggumenèh.29Palemahané bakal Dakgawé subur,lan ing tanah kono bakal ora ana paceklikmenèh. Bangsa-bangsa liya bakal padhalèrèn enggoné moyoki umat-Ku.30Saben wong bakal ngerti yèn Akupiyambak sing dadi tetamèngé, lanwong-wong kuwi umat kagungan-Ku.Mengkono pangandikané Pangéran KangMahakwasa.31Hé para wedhus-Ku, pepanthanngongonan-Ku. Kowé kuwi umat-Ku, lan Aku iki Allahmu. Mengkonopangandikané Pangéran KangMahakwasa."

351Pangéran ngandika marang aku,2 "Yéhezkièl! Wartakna marang

tanah Édom;3kandhakna karo wong Édom yèn Aku,Kang Mahakwasa ngandika mengkéné,‘Aku iki mungsuhmu, hé pegununganÉdom! Kowé bakal Dakdadèkaké tanahsing sepi mamring.

Page 1175: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 35.4–10 1574Kutha-kuthamu bakal Dakdadèkakéjugrugan, lan tanahmu bakal suwung.Yèn wis mengkono kowé bakal ngertiyèn Aku iki Pangéran.5Kowé kuwi mungsuhé Israèl turun-temurun, lan nalika Israèl kaukummerga saka dosa-dosané akèh wongIsraèl sing kokpatèni.6Mulané, demi gesang-Ku, PangéranKang Mahakwasa, kowé bakal Dakukumpati, lan kowé bakal ora bisa oncat. Kowéwis ngwutahaké getih, mulané getihmubakal kawutahaké.7Wilayah pegunungané Édom bakalDakgawé sepi mamring, lan anggerwong sing liwat kono bakal Dakpatèni.8Pegunungané Édom bakal Dakkebakibangké, semono uga punthuk-punthuklan lembah-lembah bakal kebak jisiméwong sing padha mati ing peprangan.9Tanah Édom bakal Dakdadèkakéara-ara samun ing selawas-lawasé, lanora ana wong sing bakal gelem manggoning kutha-kuthané menèh. Mulané kowébakal ngerti yèn Aku iki Pangéran.10Kowé padha kandha yèn bangsaYéhuda lan bangsa Israèl lan tanah-tanahé kuwi duwèkmu lan karo-karoné

Page 1176: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 35.11–15 158

arep kokkwasani, senajan kowé ngertiyèn Aku iki Allahé Yéhuda lan Israèl.11Mulané demi gesang-Ku, PangéranKang Mahakwasa, kowé bakal Dakwalesmerga kowé wis muring, mèri, lansengit karo umat-Ku. Umat-Ku bakalngerti yèn kowé Dakukum merga sakapenggawému.12Lan kowé bakal ngerti yèn Aku ikiPangéran, sing midhanget sakèhingpangala-ala, sing kokucapaké maranggunung-gunungé Israèl, yakuwi gunung-gunung sing wis dadi sepi mamring landiulungaké minangka panganmu.13Aku iya miyarsakaké enggonmunyuwara sora lan angkuh nyenyamahasma-Ku.14Pangéran Kang Mahakwasa ngandikamenèh mengkéné: Kowé bakalDakdadèkaké sepi mamring lan wongsalumahing bumi bakal padha mèlubungah samasa kowé Dakrubuhaké.15Padha dhèk kowé bungah nalikaIsraèl, umat kagungan-Ku, Daktumpes.Mangka kowé iya bakal Dakgawémengkono. Gunung-gunungé Séir,semono uga tanah Édom kabèh, bakal

Page 1177: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 36.1–4 159

dadi ara-ara samun, nganti angger wongbakal ngerti yèn Aku iki Pangéran.’"

361Pangandikané Pangéran marangaku, "Yéhezkièl, medhara

wangsit marang gunung-gunungé Israèl,tuturana supaya padha ngrungokaképangandika-Ku.2Pangéran Kang Mahakwasa ngandikamarang gunung-gunung mau, ‘Paramungsuhé Israèl padha seneng nyawangkasangsarané Israèl, sarta padha muni:Gunung-gunung kuwi duwèk kita!’3Mulané mecaa lan wartaknapangandika-Ku, Pangéran KangMahakwasa, yèn samasa para bangsaing sakiwa-tengené Israèl padhanelukaké Israèl lan njarah-rayahgunung-gunungé Israèl, wong-wongmau padha ngina Israèl.4Mulané rungokna pangandika-Ku,Pangéran Kang Mahakwasa, ‘Hé gunung-gunung lan punthuk-punthuk, kali-kalilan lembah-lembah, sarta désa-désa singdadi reruntuhan lan kutha-kutha singsuwung sawisé dijarah-rayah lan digawépepoyokan déning bangsa-bangsa ingsakubengé.

Page 1178: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 36.5–10 1605Aku, Pangéran Kang Mahakwasangandika karo duka marang parabangsa sakubengé Israèl, luwih-luwihkaro Édom. Kalawan bungah lanangkuh enggoné nelukaké tanahkagungan-Ku sarta padha ngebèkipangonan-pangonan-Ku.6Mulané mecaa marang Israèl,kandhaa karo gunung-gunungé,punthuk-punthuké, kali-kaliné lanlembah-lembahé, pangandika-Ku singDakwedharaké sajroning bentèringpenggalih-Ku bab carané bangsa-bangsamau mirangaké lan ngasoraké umat-KuIsraèl.7Demi nama-Ku, Pangéran KangMahakwasa, bangsa-bangsa sakubengéIsraèl bakal Dakasoraké.8Nanging ana ing gunung-gunungéIsraèl wit-witan bakal tuwuh menèhmetokaké godhong lan woh kanggoumat-Ku Israèl. Ora suwé menèh kowébakal bali menyang tanahmu dhéwé.9Aku bakal ngayomi kowé lanpalemahanmu bakal digarap sartadisebari wiji menèh.10Cacahmu bakal Dakgawé sayatambah akèh, lan kowé bakal padha

Page 1179: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 36.11–15 161

manggon ana ing kutha-kutha tilasjugrugan sing kabangun menèh.11Wong lan kéwan bakal Dakgawébebranahan, lan bakal wuwuh akèh.Cacahé bakal ngungkuli sing uwis-uwis,lan kowé bakal padha duwé anakakèh. Kowé bakal padha manggoning pomahanmu kaya sing uwis-uwissarta katentremanmu bakal ngungkulijaman-jaman kepungkur. Mula kowébakal ngerti yèn Aku iki Pangéran.12Kaya mengkono carané enggon-Kubakal mbalèkaké umat-Ku Israèlmenyang papan padunungané menèh.Tanah kuwi bakal dadi duwèkmu menèhlan anak-turunmu bakal ora ngalamimati kaliren selawas-lawasé.’13Aku, Pangéran Kang Mahakwasangandika, ‘Pancèn bener kandhané wongmenawa tanah iki diarani nyirnakakébangsa sing manggon ana ing kono.14Nanging saiki tanah kéné bakal oranjalari patiné anak-anaké bangsa iki.Aku, Pangéran Kang Mahakwasa singngandika mengkono.15Wong-wong bakal ora ngrasani alamenèh karo bangsa iki, utawa nacad lanmoyoki umat-Ku. Tanah iki bakal ora

Page 1180: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 36.16–21 162

nyirnakaké umat-Ku lan anak-anaké.Mengkono pagandikané Pangéran KangMahakwasa.’"16Pangandikané Pangéran marang akumengkéné,17 "Yéhezkièl! Nalika padha manggonana ing tanahé, Israèl gawé najisé tanahmau merga solah-tingkahé. Kelakuanéana ing ngarsa-Ku kaya déné najiséwong wadon sing lagi nggarap sari.18Mulané padha Dakdhawahipaukuman-Ku merga enggoné padhagawé pepati, sarta merga enggonényembah brahala, nganti padha gawénajisé tanah kono.19Merga saka tingkah-lakuné singmengkono mau Israèl Dakdhawahipaukuman sarta Daksebar menyangtanah manca.20Menyanga ngendi waé parané, wong-wong kuwi mirang-mirangaké asma-Ku,merga saben wong banjur muni, ‘Wong-wong kuwi padha ditundhung saka tanahsing diparingaké déning Allahé.’21Mulané Aku gerah ing penggalih,merga asma-Ku kang suci dinajisakédéning wong Israèl ana ing satengahébangsa-bangsa sing padha ditekani.

Page 1181: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 36.22–26 16322Mulané Aku Pangéran KangMahakwasa ngandika marang wong-wong kuwi lan pangandika iki kandhakna,‘Ora merga saka kowé, Israèl, enggon-Kutumindak kuwi, nanging merga sakaasma-Ku kang suci, sing koknajisaké anaing satengahé para bangsa sing padhakoktekani.23Aku bakal nucèkaké asma-Ku kangluhur sing wis koknajisaké ana ingsatengahé para bangsa mau. Mulanépara bangsa bakal padha ngerti, yènAku iki Pangéran. Aku Pangéran KangMahakwasa sing ngandika. Aku bakalngetingalaké marang para bangsa yènAku iki Allah kang mahasuci.24Kowé bakal Dakpundhut saka sabenbangsa lan negara, Dakulihaké menyangtanahmu dhéwé.25Sabanjuré kowé bakal Dakkepyuribanyu bening kanggo ngresiki sakèhingbrahala lan penggawému sing gawénajismu.26Kowé bakal Dakparingi ati anyar lanroh anyar ana ing sajroning batinmu.Atimu sing wangkot lan atos kaya watubakal Daksingkiraké lan kowé bakalDakparingi ati sing mbangun-turut.

Page 1182: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 36.27–32 16427Roh-Ku bakal Dakparingaké supayadumunung ana ing batinmu lan Akubakal ndadèkaké kowé padha urip manutsakèhing dhawuh-Ku lan tansah netepiprenatan-prenatan-Ku.28Sawisé mengkono kowé bakalmanggon ana ing tanah singDakparingaké marang para leluhurmu.Kowé bakal padha dadi umat-Ku lan Akudadi Allahmu.29Kowé bakal Dakluwari saka sakèhédosa lan najismu. Aku bakal ndhawuhakésupaya panènmu gandum metu ngantiturah-turah, nganti kowé ora bakalngalami paceklik menèh.30Pametuné woh-wohanmu bakalDakgawé akèh, semono uga pametunépalemahanmu, mula bakal ora anapaceklik menèh sing mirang-mirangakékowé ana ing satengahé para bangsa.31Kowé bakal tansah kèlingan karotingkah-lakumu sing ala, lan sakèhépanerakmu, nganti kowé bakal padhaéwa karo awakmu dhéwé merga sakadosa-dosa lan kanisthan sing wiskoklakoni.32 Israèl, ngertia yèn pendamel-Kukuwi mau kabèh ora merga kowé,

Page 1183: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 36.33–36 165

nanging supaya kowé padha rumangsaisin lan wirang marang sakèhé pialalan kanisthan sing wis koklakoni.Aku, Pangéran Kang Mahakwasa singngandika.’"33Pangandikané Pangéran KangMahakwasa, "Menawa kowé wisDakresiki saka sakèhé dosa-dosamu,kowé bakal Dakparengaké ngenggonikutha-kuthamu menèh lan mbangunreruntuhané.34Saben wong sing tau liwat ingpalemahanmu padha weruh enggonébera lan kethukulan rerungkudan.Nanging kowé bakal Dakparengakénggarap palemahanmu menèh.35Saben wong ngrasani yèn lemahsing biyèn kaya alas kuwi saiki dadikaya petamanan Éden. Mengkono ugakutha-kutha sing biyèn dijugrugaké,dirampog lan rupa jugrugan, saiki wisdienggoni lan ditémbok mubeng.36Déné kekarèné bangsa-bangsa singisih urip bakal padha ngerti yèn Aku,Pangéran kwasa mbangun kutha singrupa reruntuhan lan nanduri menèhpalemahan sing mauné bera. Aku,Pangéran, janji, yèn bakal nindakaké

Page 1184: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 36.37–37.3 166

kuwi kabèh, lan ya mesthi kelakonmengkono."37Pangandikané Pangéran marang aku,"Yéhezkièl, Aku ngersakaké supaya wongIsraèl sepisan menèh nyuwun tulungmarang Aku, mula Aku bakal nambahicacahé, nganti dadi kaya pepanthanéwedhus gèmbèl.38Kutha-kutha sing mauné rupajugrugan bakal bali kebak wong menèh,kaya dhèk biyèn kutha kuwi kebakwedhus gèmbèl sing dienggo kurban ingdina riaya. Ing kono bakal padha ngertiyèn Aku iki Pangéran."

371Aku banjur dikwaosi déningRohé Allah, sing ngangkat lan

mapanaké aku ana ing lembah, singkebak balung.2Aku diirid ngubengi lembah mau; akuweruh saiba akèhé balung sing ana ingkono, mangka balung-balung mau padhagaring banget.3Pangandikané Pangéran marangaku mengkéné, "Hé Yéhezkièl, apabalung-balung kuwi bisa urip menèh?"Atur wangsulanku, "Dhuh Allah, namungPaduka piyambak ingkang pirsa!"

Page 1185: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 37.4–9 1674Pangandikané Pangéran, "Medharawangsit marang balung-balung kuwi.Balung-balung sing garing kuwikandhanana supaya ngrungokaképangandikané Pangéran.5Kandhaa yèn Aku Pangéran KangMahakwasa ngandika mengkéné, ‘Kowébakal Dakparingi ambekan lan bali uripmenèh.6Kowé bakal Dakparingi otot landaging, sarta Daktutupi kulit. Kowé bakalDakparingi ambekan supaya bali uripmenèh. Supaya kowé ngerti yèn Aku ikiPangéran.’"7Aku banjur medhar wangsit kaya singdidhawuhaké. Nalika aku lagi guneman,aku krungu swara pating kropyak, lanbalung-balung mau padha nglumpukdadi siji.8Aku ndeleng balung-balung mauenggoné katutup ing otot, banjur daginglan wekasané katutup ing kulit, nangingdurung padha ambekan.9Gusti Allah banjur ngandika marangaku, "Hé Yéhezkièl, medhara wangsitmarang angin. Kandhaa marang anginyèn didhawuhi Pangéran teka sakakéblat papat lan nyebula ambekan ana

Page 1186: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 37.10–14 168

ing badan-badan sing mati kuwi, supayapadha urip menèh."10Aku banjur medhar wangsit kaya singdidhawuhaké Gusti Allah marang aku.Badan-badan mau banjur padha wiwitambekan, nganti padha urip menèh lanpadha ngadeg. Cacahé akèh banget,nganti cukup saupama kadadèknatentara.11Pangandikané Pangéran marangaku, "Yéhezkièl, umat Israèl ora bédakaro balung-balung kuwi. Wong-wongmau padha muni dhéwé yèn balungéwis dadi garing, wis padha ora duwépengarep-arep lan bakal sirna.12Mulané medhara wangsit marangumat-Ku Israèl, kandhanana, yènAku Pangéran Kang Mahakwasa bakalmbukak kubur-kuburé. Wong-wongbakal padha Daktangèkaké sarta Dakiridbali menyang tanah Israèl.13Yèn kubur-kuburé Dakbukak lanpadha Daktangèkaké, ing kono bakalpadha ngerti yèn Aku iki Pangéran.14Roh-Ku bakal Dakparingaké ana ingnjeroné, mula bakal padha urip menèhlan bakal Dakbalèkaké menyang tanahédhéwé. Ing kono wong-wong mau bakal

Page 1187: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 37.15–21 169

ngerti yèn Aku iki Pangéran. Aku wis janjibakal nindakaké kuwi mau kabèh lanbakal kelakon. Mengkono pangandikanéPangéran."15Pangéran ngandika menèh marangaku,16 "Yéhezkièl, kowé njupuka kayu lantulisana mengkéné: ‘Kraton Yéhuda’.Nuli njupuka kayu siji menèh, tulisana:‘Kraton Israèl’.17Pucuké kayu sing siji gathuknakaro bongkoté sing sijiné; panggonanégathukané mau cekelen, mula kayu loromau katon kaya kayu siji sing wutuh.18Yèn wong-wong padha takon karokowé apa tegesé kuwi mau,19padha kandhanana yèn Aku PangéranKang Mahakwasa, Aku bakal mundhutkayu sing mrelambangaké Israèl lankayu sing mrelambangaké Yéhuda,karo-karoné bakal Dakdadèkaké kayusiji lan Dakasta dadi siji bebarengan.20Kayu loro kuwi cekelen lan tuduhnamarang wong-wong supaya padhaweruh.21Wong-wong mau banjur kandhananayèn Aku, Pangéran Kang Mahakwasabakal nimbali para wong Israèl saka

Page 1188: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 37.22–25 170

satengahé bangsa-bangsa sing ditekani,banjur dikempalaké lan diirid balimenyang tanahé dhéwé.22Wong-wong mau bakal Dakdadèkakébangsa siji ana ing tanahé, ana inggunung-gunungé Israèl. Bakal padhadierèh déning raja siji, lan bakal orakapisah dadi bangsa loro utawa kapecahdadi kraton loro.23Bangsa mau bakal ora najisakéawaké menèh nganggo brahala lanreca-reca sing njijiki, lan srana pialané.Wong-wong bakal Dakluwari saka sakèhédosané sing njalari padha nyingkur Aku.Umat mau bakal lestari, nganti bakalpadha dadi umat-Ku lan Aku bakal dadiAllahé.24Wong kaya abdi-Ku Dawud bakal dadirajané. Iya mung raja kuwi sing bakalngerèh, lan sabangsa kabèh bakal padhanetepi pepakon-pepakon-Ku kalawansetya.25Umat mau bakal padha manggonana ing tanah sing Dakparingakémarang Yakub, abdi-Ku; tanah singdienggoni déning para leluhuré. Ana ingkono umat-Ku bakal padha manggoning selawas-lawasé, mengkono uga

Page 1189: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 37.26–38.3 171

anak-anaké turun-temurun, bakal padhadierèh déning raja, kaya abdi-Ku Dawud,ing selawas-lawasé.26Aku bakal damel prejanjiankaro wong-wong mau lan nekakakékatentreman. Wong-wong mau bakalpadha Dakslametaké sarta cacahé bakalDakgawé akèh banget. Pedaleman-Kubakal Dakyasa menèh lan bakal ngadegselawasé ana ing kono.27Aku bakal ana ing satengahé,jumeneng dadi Allahé lan wong-wongbakal dadi umat-Ku.28Sarèhné Pedaleman-Ku ana ingsatengahé umat-Ku ing selawasé,mulané para bangsa bakal padhangerti yèn Aku iki Pangéran, sing wismilih Israèl dadi umat kagungan-Kupiyambak."

381Pangandikané Pangéran marangaku mengkéné,

2 "Yéhezkièl, medhara wangsit kanggoGog maharaja ing Mèsèkh lan Tubal ingtanah Magog.3Wartakna lan kandhanana yènAku, Pangéran Kang Mahakwasa ikimungsuhé.

Page 1190: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 38.4–8 1724Kowé bakal Dakgèrèd nganggo tali ingirungmu lan Dakbekta metu bebarengankaro pasukan-pasukané. Tentaranéjaranan sing padha nganggo pakéanseragam kuwi cacahé akèh banget, lansaben prejurit sikep gegaman pedhanglan tamèng.5Wong saka Pèrsia, Sudan lan Libiapadha mèlu lan wong mau kabèh padhanganggo tropong karo tamèng.6Sakèhé wong ing tanah-tanah Gomèrlan Bèt-Togarma ing sisih Lor singpadha ahli perang, kabèh padha dadibalané, mengkono uga wong akèh sakanegara-negara liyané.7Kandhanana supaya wong-wong kuwisiap, mengkono uga tentarané supayasiyaga maju ing perang.8Sawisé sawetara lawas bakalDakdhawuhi nglurug perang menyangtanah panggonané bangsa singdiklumpukaké saka ing antaranébangsa-bangsa, sarta urip tentrem tanpangalami peprangan. Gog bakal jumedhulnyerbu ing gunung-gunungé Israèl, singwis lawas suwung lan sepi mamring,nanging saiki dienggoni menèh déningbangsa sing urip tentrem.

Page 1191: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 38.9–13 1739Gog karo tentarané sarta bangsa-bangsa sing mèlu mbantu bakal padhanyerbu kaya prahara lan ngebyuk ingtanah kono, nganti tanah mau kayaketutupan ing méga."10Pangandikané Pangéran KangMahakwasa marang Gog mengkéné,"Ing dina kuwi kowé bakal ngrancangprekara sing ala.11Kowé gawé keputusan arep nyerbutanah sing penduduké urip kanthitentrem, ana ing kutha-kutha sing tanpabètèng lan ora dijaga.12Wong sing padha manggon ing kuthatilas gempuran mau arep kokjarah-rayah. Kuwi umat sing kaklumpukakésaka ing satengahé bangsa-bangsa,lan saiki wis padha duwé ingon-ingonlan palemahan sarta manggon ana ingpusering bumi.13Wong-wong Syéba, Dédan lanwong-wong sing padha dedagangan karowong-wong mau saka tanah Spanyolbakal padha nakoni kowé, ‘Yagéné kowénglumpukaké tentara kanggo nempuhperang umat kuwi lan njarah-rayahbarang darbèké, slaka, mas-masan,

Page 1192: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 38.14–18 174

raja-kaya lan barang darbèké, banjurkokangkat lunga?’"14Pangéran Kang Mahakwasa banjurngutus aku marani Gog, ngandhakakédhawuhé Pangéran mengkéné, "Nalikaumat-Ku Israèl lagi manggon kalawantentrem, kowé teka terus nyerbu.15Dhèk semono kowé bakal budhalsaka panggonanmu ing tebing Lornggawa tentara akèh lan kuwat,prejurit-prejurit jaranan sing asalé sakabangsa pirang-pirang.16Kowé arep nyerang umat-Ku kayaprahara sing nyapu resik tanah kono.Yèn wis tekan mangsané Aku bakalngutus kowé nyerbu tanah-Ku, supayapara bangsa padha ngerti sapa Akuiki. Aku bakal ngetingalaké kasucèn-Kusrana pendamel-Ku lantaran kowé.17Ya kowé kuwi wongé sing Daksebutdhèk jaman-jaman sing wis kepungkurlantaran para abdi-Ku, para nabinéIsraèl, yèn mbésuk Aku bakal nekakakéwong sing perang nglawan Israèl.Mengkono pangandikané Pangéran KangMahakwasa."18Pangéran Kang Mahakwasa ngandikamengkéné, "Ing wektu kuwi, samasa

Page 1193: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 38.19–23 175

Gog nyerbu marang Israèl, Aku bakalduka banget.19Sajroning bentèré duka-Ku Aku bakalnekakaké lindhu gedhé ing tanah Israèl.20Saben iwak, manuk lan kéwangedhé-cilik lan saben wong ing salumahébumi bakal padha gemeter ana ingngarsa-Ku. Gunung-gunung bakal padhajugrug, pèrèng-pèrèngé karang bakalpadha longsor lan témbok-témbok bakalpadha ambruk.21Aku bakal nekakaké pagiris gedhémarang Gog wujud kasangsaran werna-werna. Aku, Pangéran Kang Mahakwasasing ngandika. Para prejurité Gog bakalpatèn-patènan dhéwé, sing siji nempuhsijiné nganggo pedhang.22Gog bakal Dakukum nganggopageblug lan pepati. Banjir bandhanglan udan bebarengan karo geni lan lirangbakal kaesokaké marang wong mau lantentarané sarta bangsa-bangsa sing dadibalané.23Srana mengkono Aku bakalngetingalaké marang para bangsakamulyan-Ku lan kasucèn-Ku. Parabangsa bakal padha ngerti yèn Aku ikiPangéran."

Page 1194: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 39.1–7 176

391Pangéran Kang Mahakwasangandika, "Hé Yéhezkièl,

medhara wangsit kanggo Gog,maharajané bangsa-bangsa ing Mèsèkhlan Tubal, aturana yèn Aku iki mungsuhé.2Raja mau bakal Dakingeraké adhepélan Daktuntun saka tanah adoh ing sisihLor menyang gunung-gunungé Israèl.3Tangané kiwa bakal Dakgebag, ngantigendhéwané bakal tiba, lan panahébakal mrucut saka tangané tengen.4Gog lan tentarané, sarta bangsa-bangsa sing rujuk karo raja maubakal tiwas ana ing gunung-gunungéIsraèl, lan jisimé bakal dadi pakanémanuk-manuk lan kéwan galak.5Wong-wong mau bakal padha matiana ing ara-ara. Aku, Pangéran KangMahakwasa sing ngandika.6Aku bakal nekakaké geni sing ngobongtanah Magog lan tanah-tanah saurutépesisir sing dienggoni déning wong-wongsing saiki padha urip kanthi ayemtentrem. Lan saben wong bakal ngertiyèn Aku iki Pangéran.7Sarta Aku bakal nedahaké asma-Kusing suci ana ing satengahé umat-KuIsraèl, lan Aku bakal ora marengaké

Page 1195: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 39.8–11 177

menèh asma-Ku sing suci dinajisaké,supaya para bangsa padha sumurup,yèn Aku iki Pangéran, Allahé Israèl kangmahasuci."8Pangandikané Pangéran KangMahakwasa mengkéné, "Apa singDakngandikakaké iki bakal kelakon.9Wong-wong sing padha manggon anaing kutha-kuthané Israèl bakal padhametu sarta bakal padha nglumpukakésakèhé gegaman sing ditinggal déningGog dienggo urub-urub. Tamèng,gendhéwa, panah, tumbak lan gadabakal dienggo gawé dadèn geni, sartanganti pitung taun lawasé bakal padhaora mbutuhaké kayu kanggo urub-urub.10Sarta padha ora prelu golèk kayuana ing alas utawa negor wit, mergagegaman-gegaman saka kayu singkanggo perang mau cukup kanggogegenèn. Wong Israèl bakal padhagentèn njarah-rayah wong-wong singbiyèn padha njarah-rayah awaké dhéwé.Mengkono pangandikané Pangéran KangMahakwasa.11Pangandikané Pangéran mengkéné,"Samasa kuwi kabèh wis kelakon, Akubakal maringi papan kanggo ngubur

Page 1196: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 39.12–16 178

Gog ana ing Israèl, yakuwi ana ingLembah Penyabrangan, ing sawétanéSegara Mati. Gog lan wadyabalané bakalkakubur ana ing kana, lan lembah maubakal karan ‘Lembah Tentarané Gog’.12Wong-wong Israèl bakal nguburjisim-jisim mau lawasé pitung sasi,yakuwi lawasé enggoné nucèkaké tanahmau menèh supaya ora najis.13Saben wong ing tanah kono bakalngréwangi ngubur jisim-jisim mau,lan sing padha ngubur bakal nampaganjaran ing dina kemenangan-Ku.Aku, Pangéran Kang Mahakwasa singngandika.14Sawisé kliwat pitung sasi, bakalana wong-wong sing kapilih midernitipriksa mbokmenawa isih ana jisimsing kliwatan, iya banjur bakal dikubur,supaya tanah kono bali dadi suci menèh.15Sajroné munggah-mudhun ndlajahitanah mau, samasa nemokaké balungmanungsa banjur kudu diwènèhi tandhaing sisihé, supaya para tukang kuburbisa weruh, lan ngubur balung-balungmau ana ing Lembah Tentarané Gog.16 (Ing sacedhaké kono bakal ana kuthasing karan Hamona.) Kaya mengkono

Page 1197: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 39.17–20 179

enggoné bakal padha nucèkaké tanahIsraèl."17Pangéran Kang Mahakwasa ngandikamarang aku mengkéné, "Yéhezkièl,manuk-manuk lan kéwan galak sakangendi-endi padha undangen, konenteka mangan kurban sing Dakcawisaké.Pésta gedhèn bakal dianakaké ana inggunung-gunungé Israèl. Ana ing konobakal padha mangan daging lan ngombégetih.18Kéwan-kéwan mau bakal padhamangan dagingé para prejurit lanngombé getihé para raja ing bumi, singbakal padha kasembelèh kaya wedhuslanang, utawa cempé, utawa wedhusjawa utawa sapi lemon.19Yèn wong-wong mau wisDaksembelèh kaya kurban, manuk-manuk lan kéwan-kéwan alasan bakalpadha mangan daging nganti wareg lanngombé getih nganti mendem.20Enggoné padha pésta bakalnganti sawaregé, mangan jaran, singnunggangi, lan para prejurit liyané.Aku, Pangéran Kang Mahakwasa kangngandika."

Page 1198: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 39.21–26 18021Pangandikané Pangéran mengkéné,"Aku bakal ngetingalaké kamulyan-Ku marang para bangsa sarta Akubakal nedahaké enggon-Ku ngagempangwasa-Ku kanggo nindakakékeputusan-Ku.22Mula umat Israèl wiwit dina kuwibakal padha ngerti yèn Aku iki PangéranAllahé.23Sarta para bangsa bakal padhangerti yèn bangsa Israèl enggonékabuwang kuwi merga saka dosa-dosané marang Aku. Mulané padhaDakungkuraké, lan Dakulungaké marangpara mungsuhé, supaya padha dipatèniana ing peprangan.24Wong-wong mau padha Dakukumtimbang karo kaluputan lan pialané,sarta banjur Daksingkur."25Pangandikané Pangéran KangMahakwasa menèh mengkéné, "Nangingsaiki Aku bakal maringi piwelas karoanak-turuné Yakub, yakuwi umat Israèllan Dakdadèkaké bangsa sing makmur.Aku bakal njagi kasucèné asma-Ku.26Samasa wis bali manggon ing tanahékono kanthi tentrem, mangka ora anasing ngancam, wong-wong mau bakal

Page 1199: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 39.27–40.2 181

padha lali karo kwirangané lan sakèhétindaké sing ora setya karo Aku.27Supaya Aku bisa nélakaké kasucèn-Ku marang para bangsa, mula bangsaIsraèl Dakirid bali saka satengahé parabangsa sing nyatru Israèl.28Mula umat-Ku bakal ngerti yèn Akuiki Pangéran Allahé. Enggoné ngerti maumerga Aku sing mbuwang lan Aku dhéwésing nglumpukaké lan ngirid bali, mulihmenyang tanahé dhéwé, nganti siji waéora ana sing kari.29Roh-Ku bakal Dakesokaké marangumat-Ku Israèl lan ora bakal Daksingkurmenèh. Aku, Pangéran Kang Mahakwasakang ngandika."

401Nalika sasi anyar, dinané singkasepuluh, taun kaping selawéné

enggonku padha ana ing pembuwangan,lan taun kaping patbelasé ambrukéYérusalèm, aku dikwaosi déning RohéPangéran, lan aku kaangkat kabektalunga.2 Ing sajroning wahyu aku kabektadéning Allah menyang tanah Israèl,kapapanaké ing gunung sing dhuwurbanget. Ing ngarepku aku weruh anagedhong-gedhong sing mèmper kutha.

Page 1200: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 40.3–7 1823Aku dicedhakaké, banjur weruh anawong lanang mencorong kaya swasa.Wong mau ngadeg ing gapura nyekeliukuran saka léna, lan ukuran wujudteken.4Wong lanang mau ngandikani akumengkéné, "Hé Yéhezkièl, tamatna,rungokna lan waspadakna apa singbakal Daktedahaké marang kowé, mergayakuwi preluné enggonmu kabektamréné. Kabèh sing kokdeleng kuwicritakna karo wong Israèl."5Aku weruh Pedalemané Allah,dikubengi témbok. Wong lanang maunjupuk teken ukurané sing dawanételung mèter, banjur ngukur témboké.Témbok mau dhuwuré telung mèter lankandelé telung mèter.6Sawisé mengkono wong lanang maubanjur menyang gapura sing madhepmengétan, munggah ing undhak-undhakan. Satekané ing ndhuwur banjurngukur ambané lawangé. Ketemu telungmèter.7 Ing sanjabané lawang mau anaèmpèrané, ing kiwa-tengené ana kamarépejagan telu-telu. Saben kamar maupesagi, telung mèter ping telung mèter,

Page 1201: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 40.8–13 183

lan témbok singgetan antarané kamarsiji karo sijiné kandelé loro setengahmèter. Sanjabané kamar jaga analurung sing dawané telung mèter anjoging kamar gedhé. Kamar gedhé maungadhepaké Pedalemané Allah. Kamargedhé iya diukur. Ketemu jeroné patangmèter. Kuwi pungkasané lurung singcedhak dhéwé karo Pedalemané Allah.Témboké lurung mau sing adoh dhéwékandelé samèter.8 (40:7)9 (40:7)10 (Kamar-kamar pejagan sing nèmpèllurung jembaré padhakabèh, lan kandelétémbok singgetané iya padha kabèh.)11Wong lanang mau nuli ngukurambané lurung sing ana ing gapura.Ketemu nem mèter, lan ambané ruanganantarané gapura karo gapura ana limangmèter.12 Ing ngarepé kamar pejagan anatémboké cendhèk, dhuwuré setengahmèter lan kandelé setengah mèter.(Kamar-kamar pejagan mau jembarételu ping telung mèter pesagi.)13Wong mau banjur ngukur adohétémbok pejagan sing mburi dhéwé tekan

Page 1202: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 40.14–19 184

témboké kamar gedhé, ngliwati lurung,dawané rolas mèter setengah.14Kamar sing gedhé, sing adoh dhéwé,ana lawangé sing anjog plataran. Kamargedhé mau iya diukur, ambané sepuluhmèter.15Dawané gapura saka sanjabanétémbok tekan témboké kamar sing adohdhéwé ana selawé mèter.16Kamar-kamar mau témboké singsisih njaba ana bolongan-bolonganécilik, mengkono uga ing témbok sisihnjero, ing antarané kamar-kamar. Ingtémbok-témbok sing sisih njero, singngadhepaké lurung ana ukir-ukiranwit-witan kurma.17Wong lanang mau nuntun aku metugapura menyang plataran. Nèmpèl ingtémbok njaba ana kamaré telung puluh.Ing ngarepé kamar-kamar mau anaplataran cilik sing ditatani watu,18ngubengi plataran sing amba.Plataran amba mau sing njaba luwihcendhèk ketimbang sing njero.19 Ing antarané plataran njaba lan njeroana gapurané. Wong lanang mau ngukuradohé gapura sing njaba karo sing njero,ketemu sèket mèter.

Page 1203: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 40.20–24 18520Wong lanang mau banjur ngukurgapura sing ana ing sisih Lor, sing anjoging plataran njaba.21 Ing kéné iya ana lurung, lan ingkiwa-tengené ana kamaré pejagantelu-telu. Témbok-témboké singgetanlan kamaré kabèh ukurané padha kayasing ana ing gapura sisih Wétan. Dawanégapura selawé mèter, ambané rolassetengah mèter.22Kamaré gedhé jendhélané lanukir-ukirané wit-witan kurma padhakaro sing ana ing gapura sisih Wétan.Ana undhak-undhakan pitu sing anjoging gapura, lan kamaré gedhé anaing pungkasané lurung, ngadhepaképlataran.23Saka gapura ing sisih Lor mau,yèn wis nyabrang plataran, banjur anagapura menèh, sing anjog ing platarannjero, kaya gapura sing ana ing sisihWétan. Wong lanang mau ngukur dohégapura siji karo sijiné.24Sawisé mengkono, wong lanang maubanjur mbekta aku mengidul. Ing konoaku weruh ana gapura menèh. Gapuramau nuli diukur, ketemuné padha karogapura liya-liyané.

Page 1204: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 40.25–30 18625 Ing kamar-kamaré gapura mau anajendhéla-jendhélané padha kaya inggapura-gapura liyané. Dawané gapuramau selawé mèter lan ambané rolassetengah mèter.26Undhak-undhakané mrono ana pitu.Kamaré sing gedhé prenahé iya ana ingpungkasan, ngadhepaké plataran. Ingtémbok sing ngadhepaké lurung iya anaukir-ukirané wit-witan kurma.27 Ing kono iya ana gapura sing anjoging plataran. Wong lanang mau ngukurdohé tekan gapura sing kapindho,ketemu sèket mèter.28Aku banjur digawa déning wonglanang mau metu gapura sisih Kidulmenyang plataran njero. Gapuranédiukur lan ketemu padha karo gapuranétémbok sing njaba dhéwé.29Kamar-kamaré pejagan, kamarégedhé lan témbok-témboké singgetangedhéné padha kabèh karo témbok-témbok sing ana ing gapura liya-liyané.Ing kamar-kamaré gapura iya anajendhélané. Dawané gapura iya selawémèter lan ambané rolas setengah mèter.30 (40:29)

Page 1205: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 40.31–36 18731Kamaré gedhé iya ngadhepaképlataran, lan témbok sing madhepmenyang lurung iya ana ukir-ukiranéwit-witan kurma. Ana undhak-undhakanwolu kanggo munggah menyang gapuramau.32Aku banjur digawa wong lanangmau metu gapura sisih Wétan menyangplataran njero. Gapurané diukur, padhagedhéné karo liya-liyané.33Kamar-kamaré pejagan, kamarégedhé lan témbok-témboké singgetankabèh ukurané padha karo sing ana inggapura liya-liyané. Kabèh kamar, semonouga kamaré gedhé, ana jendhélané.Dawané gapura mau kabèh selawémèter lan ambané rolas setengah mèter.34Kamaré gedhé ngadhepaké platarannjaba. Ing témbok sisihé lurung iyaana ukir-ukirané wit-witan kurma.Ana undhak-undhakan wolu kanggomunggah menyang gapura mau.35Aku banjur digawa wong lanang maumenyang gapura sisih Lor. Gapuranédiukur, lan kabèh padha ukurané karogapura liya-liyané.36Uga gapura iki ana kamar-kamarépejagan, témbok-témboké njero dihias,

Page 1206: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 40.37–41 188

ana kamaré gedhé, ing kamar-kamarkabèh ana jendhélané. Dawané gapurakabèh selawé mèter lan ambané rolassetengah mèter.37Kamaré gedhé ngadhepaké plataran.Témbok-témboké sing ana ing lurungana ukirané wit-witan kurma. Anaundhak-undhakan wolu kanggomunggah menyang gapura mau.38 Ing plataran njaba ana gedhongcilik sing ditèmplèkaké ana ing gapuranjero sisih Kidul. Gedhong mau analawangé menyang kamar gedhé singmadhep plataran, panggonané ngresikibalung-balungé kéwan sing diobongkanggo kurban.39 Ing kamar gedhé kono ana méjanépapat; saben sisih loro-loro. Kéwan-kéwan sing arep dienggo kurbandisembelèh ana ing méja-méja kono, yasing arep kanggo kurban obongan, yasing kanggo kurban panebusing dosautawa kurban ngluwari ujar.40 Ing sanjabané kamar ana méjanépapat padha, saben sisih lawang singmlebu gapura Lor ana méjané loro.41Méjané kabèh cacahé wolu, yakuwipanggonané nyembelèh kéwan-kéwan

Page 1207: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 40.42–46 189

sing arep dienggo kurban. Sing papatana ing njero kamar, papat liyané anaing plataran njaba.42Méja papat sing ana ing gedhongcilik dienggo nyawisaké kurban singarep diobong wutuhan. Méja maukagawé saka watu tatahan. Dhuwurésetengah mèter, sisih ndhuwur pesagi,pitung puluh lima ping pitung puluhlima sèntimèter. Sakèhé piranti kanggonyembelèh kéwan-kéwan sing arepdienggo kurban ana ing méja-méja mau.43 Ing sakubengé méja mau ana méjamenèh sing ambané pitung puluh limasèntimèter pesagi kanggo ndokokakédaging sing arep dienggo kurban.44Aku banjur digawa wong lanang maumlebu ing plataran njero. Ing platarannjero mau ana lawangané loro, sing sijimadhep ngidul, ana ing sasisihé gapuraKidul, sijiné madhep ngalor, ana ingsasisihé gapura Lor.45Wong mau kandha yèn kamarmadhep ngidul kuwi kanggo para imamsing nindakaké peladosan ana ingPedalemané Allah.46Déné kamar sing madhep ngalorkanggo para imam sing leladi ana

Page 1208: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 40.47–41.2 190

ing mesbèh. Imam-imam kabèh mauanak-turuné Zadhok. Saka taler Lèwiya mung turuné Zadhok kuwi singdiparengaké ngadhep marang Pangéranlan ngladosi Panjenengané.47Wong lanang mau banjur ngukurplataran njero, ketemu sèket mèterpesagi. Pedalemané Allah dunungé ingsisih Kulon. Ing ngarepé ana mesbèhé.48Aku banjur digawa mlebu kamargedhé sing anjog ing Pedalemané Allah.Kamar mau diukur, ketemuné menjeroloro setengah mèter lan ambané pitungmèter. Déné témbok ing kiwa-tengenékandelé karotengah mèter.49 Ing kono ana undhak-undhakan singmunggah menyang kamar gedhé mau,ambané sepuluh mèter lan menjeronénem mèter. Panggonan mlebu mau anasakané gedhé loro.

411Aku banjur digawa mlebu ingkamar gedhé ing Pedalemané

Allah kono. Wong mau banjur ngukurlurung sing anjog menyang Papan KangSuci, ketemu dawané telung mèter,2 témboké kiwa-tengen kandelé lorosetengah mèter, ambané limang mèter.Kamar gedhé mau nuli iya diukur,

Page 1209: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 41.3–7 191

ketemu dawané rong puluh mèter, lanambané sepuluh mèter.3Wong lanang mau banjur mlebuing kamar njero. Lurung sing anjogmrono diukur. Dawané samèter, ambanételung mèter lan témbok sing ana ingkiwa-tengené kandelé telu setengahmèter.4Kamaré diukur, ketemu dawa lanambané sepuluh mèter pesagi. Wonglanang mau banjur kandha karo aku, "IkiPapan Kang Mahasuci."5Wong lanang mau ngukur kandelétémbok Pedalemané Allah sing njero,ketemu telung mèter. Nèmplèk ingsakubengé Pedalemané mau anakamar-kamar sing ambané rong mèter.6Kamar-kamar mau digawé sungsuntelung lapis. Saben lapis kamaré telungpuluh. Témboké Pedaleman mau singsisih njaba ora padha kandelé. Témboklapisan ndhuwur luwih tipis ketimbangkaro sing ana ing ngisoré, mula glogorékamar-kamar lapisan kapindho lankatelu disangga déning témbok ngisoré.7Srana mengkono témboké PedalemanéAllah mau yèn disawang saka njabakatoné saka ngisor tekan ndhuwur

Page 1210: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 41.8–12 192

padha kandelé. Ing témboké Pedalemansing sisih njaba ana undhak-undhakanéloro sing jembar, kanggo munggah sakalapisan kamar-kamar sing ana ing ngisormenyang kamar-kamar sing ana inglapisan tengah lan menyang lapisan singndhuwur dhéwé.8Témboké njaba kamar-kamarmau kandelé loro setengah mèter.Pedalemané Allah mau ing sisih Lorana lawangé menyang kamar-kamar,mengkono uga ing sisih Kidul. Akuiya weruh ing sakubengé Pedalemanmau ana térasé sing ambané lorosetengah mèter. Téras mau dhuwurésaka jrambahé Pedaleman telung mèter,dadi téras mau rata karo jrambahékamar-kamar, sing nèmplèk ing témbokéPedaleman. Ing antarané téras maulan gedhongé para imam ana ruanganbukakan ngubengi Pedaleman, ambanésepuluh mèter.9 (41:8)10 (41:8)11 (41:8)12 Ing sisih kuloné Pedalemané Allahana gedhongé, dawané patang puluhlima mèter lan ambané telung puluh lima

Page 1211: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 41.13–18 193

mèter; kandelé témboké mubeng lorosetengah mèter.13Wong lanang mau banjur ngukurPedalemané Allah sing sisih njaba,dawané sèket mèter. Saka mburinéPedalemané Allah tekan gedhong singana ing Kulon dhéwé dawané iya sèketmèter.14Ambané Pedaleman mau sing sisihngarep, klebu ruang bukakan ing kiwalan ing tengené, dawané iya sèket mèter.15 (41-15a) Dawané gedhong ugadiukur mengulon, klebu lurung-lurungsing ana ing sisih kiwa lan tengené,dawané iya sèket mèter. (41-15b)Ruangan gedhé sing kanggo mlebuing Pedalemané Allah, Sasana Suci lanSasana Mahasuci16kabèh dilapis nganggo kayu sakajrambah tekan jendhéla-jendhélané.Jendhéla-jendhéla mau kena ditutupsaka ndhuwur.17Témboké Pedalemané Allah sing sisihnjero dilapis nganggo ukir-ukiran,18ukiran kurma lan kéwan-kéwannganggo swiwi. Ukiran kurma diselingukiran kéwan, mengkono saterusé,

Page 1212: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 41.19–25 194

sakamar mubeng. Saben kéwan maurainé loro,19 rai sing siji madhep marang witkurma sing sisih kéné, rai sijiné sing rupasinga, madhep ing wit kurma sing sisihkana. Kabèh témbok dihias nganggoukir-ukiran kaya mengkono,20 saka jrambah tekan ndhuwurélawang-lawang.21 (41-21a) Saka-sakané lawang ingPedalemané Allah kabèh pesagi. (41-21b) Ing sangarepé Sasana Mahasuciana barang sing rupané kaya22mesbèh kayu. Dhuwuré siji setengahmèter, ambané samèter. Cagaké,dhasaré lan gebyogé kagawé saka kayu.Wong lanang mau kandha karo aku, "Ikiméja sing ana ing ngarsané Pangéran."23 Ing pungkasané lurung sing anjoging Sasana Suci ana lawangé, semonouga ing pungkasané lurung sing anjoging Sasana Mahasuci.24Saben lawang inebé loro, kusèn-kusèné ana ing tengah.25Lawang-lawangé Sasana Sucikarengga nganggo ukiran wit kurmalan kéwan nganggo swiwi kaukir ingkayuné, kaya ukir-ukiran sing ana ing

Page 1213: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 41.26–42.5 195

témbok-témboké. Lawang-lawang mauing sisih njaba ndhuwuré ana téndhanékayu.26Kamar gedhé mau kiwa-tengenana jendhélané, lan témbok-témbokédirengga nganggo ukir-ukiran wit kurma.

421Aku banjur digawa wong lanangmau menyang plataran njaba,

sisih loré Pedalemané Allah, menyangsawijining gedhong ora adoh sakaPedalemané Allah sing sisih Kulon.2Gedhong mau dawané sèket mèter lanambané selawé mèter.3 Ing sisihé gedhong mau ana platarandawané sepuluh mèter lan ing sisihsijiné ngadhepaké plataran PedalemanéAllah sing njaba. Gedhong mau sungsuntelu. Sing ndhuwur mundur sethithikketimbang ngisoré.4Gedhong mau ing sisih Lor ana lurungsing ambané limang mèter lan dawanésèket mèter, déné lawang-lawangémlebu ana ing sisih Lor.5Kamar-kamar sing ana ing ndhuwurluwih ciyut ketimbang karo sing ana ingtengah karo sing ana ing ngisoré, mergadigawé rada mundur.

Page 1214: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 42.6–12 1966Kamar-kamar sungsun telu maupresasat ana ing èmpèran lan orakasangga déning cagak-cagak kayagedhong-gedhong liyané ana ingplataran.7Témboké njaba kamar-kamar singana ing ngisor mau selawé mèter wutuh,nanging selawé mèter saterusé anakamar-kamaré. Sungsun sing ndhuwurdhéwé kabèh ana kamar-kamaré,sadawané témbok gedhong.8 (42:7)9Sangisoré kamar-kamar ing tingkatloro sing ana ing ndhuwur mau,wiwit saka pojoké gedhong sisihWétan, ana dalan kanggo mlebu-metumenyang plataran njaba. Ing sisih kiduléPedalemané Allah iya ana gedhong singpadha kaya kuwi, ora adoh saka sisihkuloné Pedaleman.10 (42:9)11 Ing ngarepé kamar-kamar kono iyaana lurung padha kaya lurung sing anaing gedhong sisih Lor. Ukurané kabèhpadha, mengkono uga ngèngrèngan landalané kanggo mlebu-metu.12Gedhong mau ing sisih Kidul, ingngisoré lapisan kamar-kamar ana

Page 1215: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 42.13–15 197

lawangé, kaprenah ing pojok Wétanwatesé témbok.13Wong mau kandha karo akumengkéné, "Gedhong loro iki loro-loronésuci. Kuwi panggonané para imam singtugas samasa padha mangan kurbansing suci dhéwé. Sarèhné kamar-kamarkuwi suci, mulané para imam padhanyèlèhaké kurban suci mau ana ingkono, kayata: kurban dhaharan, kurbanpangruwating dosa lan kurban dhendha.14Yèn imam-imam mau wis ngladosiing Pedalemané Allah, mangka arepmetu menyang plataran njaba, kudunyopot sandhangan suci sing dienggonalika ngladèni ana ing PedalemanéAllah, lan ninggal sandhangan mau anaing kamar-kamar kono. Para imam maukudu nguculi sandhangané sing sucisadurungé metu menyang plataran,panggonané umat padha nglumpuk."15Bareng wis rampung enggonéngukur gedhong-gedhong lan plataranéPedalemané Allah, wong lanang maubanjur ngajak aku metu liwat gapuraWétan, sarta ngukur palemahanwewengkoné Pedalemané Allah.

Page 1216: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 42.16–43.3 19816Enggoné ngukur nganggo tekenukuran mau. Sing diukur dhisik sisihWétan. Ketemu dawané 250 mèter.17Banjur ngukur sing sisih Lor, nuli sisihKidul, lan sisih Kulon. Kabèh dawanépadha yaiku 250 mèter.18 (42:17)19 (42:17)20Mulané témbok, pager bumi singngubengi palemahan wewengkonéPedalemané Allah kuwi, saben sisihdawané 250 mèter. Témbok mau kanggomisahaké papan sing suci karo sing orasuci.

431Aku banjur dijak wong lanangmau menyang gapura sing

madhep ngétan.2Saka kono aku weruh ana pepadhangmblerengi muncul saka Wétan, yakuwikamulyané Pangéran, Allahé Israèl.Banjur keprungu swarané Allah kayajumleguré ombaking segara, lanbumi katon mencorong merga sakakamulyané.3Wahyu iki kaya sing dakdelengnalika Pangéran rawuh numpes kuthaYérusalèm, lan kaya sing dakdeleng ana

Page 1217: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 43.4–8 199

ing sapinggiré Kali Kebar. Aku banjurniba mengkureb ing lemah.4Pepadhang sing mblerengi mauliwat metu gapura Wétan, mlebu ingPedalemané Allah.5Aku banjur kaangkat déning RohéPangéran, kabekta menyang platarannjero. Ing kono aku weruh PedalemanéAllah kapenuhana ing kamulyanéPangéran.6Wong lanang mau ngadeg ingsandhingku, lan aku krungu Pangéranngandika saka ing Pedaleman konomarang aku mengkéné,7 "Yéhezkièl, iki dhampar-Ku, Aku bakaldedalem ana ing satengahé umat Israèllan ngerèh umat mau. Umat kuwi lanraja-rajané bakal ora najisaké asma-Kukang suci srana nyembah brahala utawangubur layon-layoné rajané ana ingpapan kéné.8Raja-raja mau padha ngedegakébalungan omah lan kusèn-kusènémèpèt karo balungan lan kusèn-kusènéPedaleman-Ku, mula Pedaleman-Kumung kapisah déning témbok karoomahé wong-wong mau. Asma-Ku kang

akapenuhan: isi kebak.

Page 1218: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 43.9–12 200

suci dinajisaké nganggo penggawénésing njijiki, mulané Aku duka banget, lanumat mau banjur Daktumpes.9Saiki wong-wong kuwi kudu marènienggoné nyembah brahala-brahala lannyingkiraké jisimé raja-rajané. Yèn kuwiwis dilakoni, Aku bakal manggon ana ingsatengahé umat mau selawas-lawasé."10Pangéran ngandika menèh,"Yéhezkièl, umat Israèl kandhanana babPedalemané Allah iki, supaya padhanyinau tatarakité. Welèhna supayapadha kisinan merga dosa-dosa sing wisdilakoni.11Yèn wis padha ngakoni lan rumangsaisin bab penggawéné sing uwis-uwis,banjur terangna gambaré PedalemanéAllah kuwi; gambaré dalan sing kanggomlebu lan metu, wanguné, penatanésamubarang sing ana ing kono,prenatan-prenatan lan aturan-aturané.Kuwi kabèh tulisen kanggo wong-wongmau, supaya padha dingertèni, lanpadha bisa nglakoni.12Mengkéné bab angger-anggeréPedalemané Allah mau. Sakèhépalemahan ing pucuké gunung iki kabèhdisengker lan disucèkaké."

Page 1219: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 43.13–18 20113Ukurané mesbèh yèn diukurnganggo ukuran Pedalemané Allah kuwimengkéné: Ing saubengé pondhasinémesbèh ana kalèné, sing jeroné setengahmèter, ambané setengah mèter lan anapinggirané, dhuwuré seprapat mèter.14Pérangané mesbèh sing cendhèkdhéwé dhuwuré saka dhasaré mesbèhsemèter. Saka ing pinggiran ngisortekan ing pinggiran ndhuwur rongmèter, lan pinggirané ambané setengahmèter. Déné pucak mesbèh, luwih ciyutsetengah mèter ketimbang kubengingtengahé.15Pérangan sing ndhuwur, panggonankanggo ngobong kurban, dhuwuré iyarong mèter. Pojoké mesbèh papat-papatéluwih dhuwur.16Panggonané ngobong kurban maupesagi, saben sisih dawané nem mèter.17Pérangan sing tengah iya pesagi,saben sisih pitung mèter, ing njabaana pinggirané, sing dhuwuré seprapatmèter. (Ambané kalèn seprapat mèter.)Undhak-undhakan sing kanggo munggahing mesbèh ana ing sisih Wétan.18Pangéran Kang Mahakwasa ngandikamarang aku mengkéné, "Yéhezkièl,

Page 1220: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 43.19–22 202

rungokna pangandika-Ku. Yèn mesbèhéwis rampung, resmèkna nganggo gawékurban, getihé kéwan sing dienggokurban mau pyur-pyurna ana ing kono.19Sing kepareng ngadhep lanngladosi Aku mung imam-imam turunéZadhok, saka klompok Lèwi waé.Aku, Pangéran Kang Mahakwasa singdhawuh mengkono. Imam-imam kuwiwènèhana sapi lanang nom kanggokurban panebusing dosa.20Njupuka getihé sethithik, banjurlèlètna ing sunguné mesbèh papatpisan, sarta ing pojoké papat mubeng,karo pinggiré mubeng. Srana caramengkono enggonmu nucèkaké mesbèhlan ngresmèkaké penganggoné.21Sapiné lanang sing dienggo kurbanpangruwating dosa mau jupuken,banjur obongen ing panggonan sing wiskatemtokaké, ing sanjabané wengkonéPedalemané Allah.22Ésuké kowé njupuka wedhus jawalanang sing tanpa cacad, gawénenkurban panebusing dosa. Mesbèhébanjur sucèkna nganggo getihé kéwanmau, kaya enggonmu nucèkaké nganggogetihé sapi.

Page 1221: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 43.23–44.1 20323Yèn wis rampung, banjur njupukasapi lanang lan wedhus gèmbèl lanangenom siji, karo-karoné tanpa cacad,24banjur caosna marang Aku. Paraimam bakal ngepyuri uyah lan ngobongkéwan-kéwan mau konjuk marang Aku.25Nganti pitung dina lawasé kowésaben dina kudu nyaosaké kurbanwedhus jawa lanang siji, sapi lanang sijilan wedhus gèmbèl lanang siji, minangkakurban panebusing dosa. Kéwan-kéwanmau kudu tanpa cacad.26Pitung dina lawasé para imamenggoné kudu nucèkaké mesbèhsadurungé resmi kena dipigunakaké.27Yèn pitung dina mau wis puput,para imam kena miwiti saos kurbanpangruwating dosa lan kurbankeslametan kanggo umat Israèl. Ing konoAku bakal rena penggalih-Ku marangkowé kabèh. Mengkono pangandikanéPangéran Kang Mahakwasa."

441Aku banjur digawa wong lanangmau menyang gapura njaba,

sing papané ana ing pekaranganéPedalemané Allah sisih Wétan. Gapuramau mineb.

Page 1222: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 44.2–5 2042Pangéran ngandika mengkéné marangaku, "Gapura kuwi bakal mineb teruslan ora bakal diengakaké ing selawasé.Wong ora kena liwat kéné, merga Aku,Pangéran Allahé Israèl wis mlebet miyoskéné. Mulané gapura iki kudu minebterus.3Mung raja sing isih jumeneng, kenaliwat metu kéné prelu mangan panganansuci ana ing ngarsa-Ku. Kuwi sing kenamlebu lan metu gapura kéné, liwatkamar gedhé sing njero."4Aku banjur digawa wong lanangmau menyang ngarepé PedalemanéAllah metu gapura Lor. Aku ndelengPedalemané Allah kapenuhan cahya singmblerengi, sing nélakaké yèn Pangéranana ing kono. Aku banjur mengkureb inglemah,5banjur krungu Pangéran ngandikamengkéné marang aku, "Yéhezkièl,waspadakna apa sing kokdeleng lankokrungu. Kowé arep Dakngandikanibab prenatan lan tatanan sing kududitindakaké ana ing Pedalemané Allah.Titènana wong sing kena mlebu-metuing Pedalemané Allah kuwi wong sing

Page 1223: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 44.6–9 205

kepriyé, lan wong sing ora kena singkepriyé.6Wong-wong Israèl sing padhambrontak ora bakal Dakumbar nindakaképenggawéné sing nistha, merga Aku ikiPangéran Kang Mahakwasa.7Wong-wong mau wis padha najisakéPedaleman-Ku, merga wis padhanglebokaké wong manca sing oratetak, yakuwi wong sing padha orambangun-turut karo Aku. Wong-wongmau padha dililani mlebu ing wayahékurban dhaharan, gajih lan getihkaunjukaké marang Aku. Mengkonomau enggoné umat-Ku padha mbubrahprejanjian-Ku, srana penggawé nistha,sing wis padha ditindakaké.8Umat-Ku ora njaga kasucènétata-cara ing Pedaleman-Ku, malahpadha ngangkat wong kapir nindakakékewajiban ana ing Pasucèn-Ku, singmesthiné kudu ditindakaké umat-Kudhéwé.9Aku, Pangéran Kang Mahakwasadhawuh, yèn wong manca sing ora tetak,lan wong sing mbaléla marang Aku, orakena mlebu ing Pedaleman-Ku, senajan

Page 1224: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 44.10–13 206

wong manca sing manggon ana ingsatengahé bangsa Israèl."10Pangéran ngandika marang akumengkéné, "Wong Lèwi sing bebarengankaro wong Israèl liyané padha nyingkurAku lan nyembah brahala bakalDakukum.11Wong-wong mau kena ngladosi Akuana ing Pedalemané Allah, kayata jagagapura, lan nglakoni pegawéan ana ingPasucèn. Kena nyembelèh kéwan singdikurbanaké déning umat minangkakurban obaran lan kurban sembelèhan,sarta kudu siaga ngladèni umat.12Nanging sarèhné wis tau padhaleladi nalika umat Israèl padha nyembahbrahala, lan srana mengkono padhadadi jalarané akèh wong Israèl padhanyembah brahala, mulané Aku,Pangéran Kang Mahakwasa sumpah yènwong-wong mau kudu diukum.13Wong-wong kuwi ora kena dadiimam sing ngladosi Aku, lan ora kenacedhak-cedhak karo barang-barang singsuci, lan uga ora kena mlebu ing SasanaMahasuci. Kuwi minangka paukumané,merga saka kanisthan-kanisthan singbiyèn wis tau dilakoni.

Page 1225: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 44.14–18 20714Mulané wong-wong kuwi bakalDaktetepaké nglakoni pegawèan-pegawèan kasar sing prelu ana ingPasucèn kono."15Pangéran Kang Mahakwasa ngandikamengkéné, "Para imam saka taler Lèwituruné Zadhok, kuwi kanthi setya leladimarang Aku ana ing Pedalemané Allah,nalika umat Israèl liya-liyané padhanyingkur Aku. Mulané imam-imam kuwisaiki kena ngladosi Aku lan kena sowanmarek ing ngarsa-Ku nyaosaké gajih langetihé kurban.16Mung wong-wong kuwi dhéwésing kena mlebu ing PedalemanéAllah, ngladosi ing mesbèh lan nuntunpangibadah ing Pasucèn-Ku.17Yèn para imam mau padha mlebu ingplataran njero metu gapura, kudu padhanganggo sandhangan léna. Yèn pinujupadha nindakaké pegawéan ana ingplataran njero, ing Pedalemané Allah,ora kena nganggo sandhangan singkagawé saka wulu wedhus.18Kudu nganggo serban léna lan clanaléna sarta ora nganggo sabuk, supayapadha ora kringeten.

Page 1226: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 44.19–24 20819Sadurungé metu ing plataran njaba,panggonané umat kumpul, para imammau kudu padha nyopot sandhangansing dienggo nalika leladi ana ingPasucèn, sarta ninggal sandhangan mauana ing kamar-kamar suci. Enggonékudu padha ganti sandhangan mausupaya aja gawé cilakané umat.20 Imam ora kena nyukur rambuté,nanging iya ora kena ngingu rambuténganti gondrong. Dawané kudu mungsapantesé.21Para imam yèn arep mlebu ingplataran njero, sadurungé ora kenangombé anggur apa waé.22 Imam ora kena kawin karo randhanéwong liya. Mung kena kawin karo wongwadon Israèl, prawan utawa randhanéimam liya.23Para imam kudu mulang umat-Ku,bédané suci karo ora suci, bédané singnajis karo sing ora najis.24Yèn ana wong padu, para imamkudu gawé keputusan sing cocogkaro dhawuh-Ku. Para imam kudupadha netepi dina-dina riaya singDakdhawuhaké miturut prenatan lan

Page 1227: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 44.25–29 209

tatanan sing wis Daktetepaké. Semonouga kudu padha nucèkaké dina Sabbat.25Para imam ora kena najisaké badanémerga nggepok jisim, kejaba yènsing mati mau wong tuwané dhéwéutawa anaké dhéwé, seduluré dhéwé,utawa seduluré wadon sing durungomah-omah.26Tekan mangsané, imam mau kudungentèni pitung dina.27Sawisé mengkono banjur mlebuing plataran njero Pedalemané Allahnyaosaké kurban pasucèn, supaya kenaleladi menèh ing Pedalemané Allah.Mengkono pangandikané Pangéran KangMahakwasa.28Para imam kaparingan kalenggahanéminangka pusaka, kaya déné pusakasing kaparingaké marang umat Israèl,sing kudu diwarisaké turun-temurun.Imam ora kena duwé panduman lemahana ing satengahé Israèl. Aku iki singdadi pandumané.29Sakèhé sesaosan, kurbanpangruwating dosa lan kurbandhendha kuwi dadi pangané para imam,sarta wenang nampa saka wong Israèlsamubarang sing kapilih kanggo Aku.

Page 1228: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 44.30–45.2 21030Asilé panèn sing becik dhéwé kuwidadi haké para imam, mengkono ugasamubarang kabèh sing kasaosakémarang Aku. Saben-saben wong gawéroti, sing mateng dhisik dhéwé kududisedhiyakaké kanggo imam minangkacaosan (kurban), supaya brayaté wongmau Dakberkahi.31Para imam ora kena manganbangsané manuk utawa kéwan liyanésing mati merga wis tuwa utawa matinémerga dipatèni déning kéwan liya."

451Yèn kowé mbagé-mbagé tanahlan kokedum nganti saben taler

olèh panduman, Pangéran pandumanasebagèan. Jembaré panduman maudawané rolas setengah kilomèter,ambané sepuluh kilomèter. Tanah singana ing njeroné wates kuwi kabèh suci.2 Ing tanah mau cawisana papankanggo Pedalemané Allah, dawané250 mèter lan ambané 250 mèternganggo plataran, lan ing sakubengéanaa plataran sing ambané selawémèter. Kejaba kuwi ngukura dawanérolas setengah kilomèter lan ambanélimang kilomèter, kuwi kapisahna kanggo

Page 1229: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 45.3–7 211

Pedalemané Allah, yakuwi panggonansing suci dhéwé.3 (45:2)4Daérah kuwi kudu dadi pérangan singsuci ing sanegara kabèh, kacawisnakanggo para imam sing ngladosiPangéran ing Pasucèné. Kuwi papansing kanggo pomahané para imam langedhong-gedhongé Pedalemané Allah.5Separoné daérah mau kacawisnadadia pandumané wong Lèwi, sing padhanyambut-gawé ing Pedalemané Allah.Ing daérah kono degna kutha-kuthakanggo manggoné wong Lèwi.6Kejaba daérah suci mau kudu anapérangan sing dawané rolas setengahkilomèter kanggo manggoné wong Israèlsapa waé.7 Iya kudu ana palemahan singkacawisaké kanggo raja sing isihjumeneng. Dunungé ana ing sisihKulon adu wates karo daérah suci,mengulon tekan Segara Tengah.Mengétan, palemahan mau tekan tapelwatesé negara. Dadi dawané mengétanpadha karo dawané tanah pandumanétaler-taler Israèl.

Page 1230: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 45.8–12 2128Daérah kuwi dadi pandumané rajasing isih jumeneng, supaya ora nindhesrakyaté, lan ora ngganggu gugattanah-tanah sing dadi pandumanétaler-taleré Israèl.9Pangéran Kang Mahakwasa ngandikamengkéné, "Hé raja-raja ing Israèl,wis suwé enggonmu padha gawé dosa!Marènana enggonmu nganiaya lannindhes rakyat. Nindakna kabeneranlan keadilan. Aja pisan-pisan nundhungumat-Ku saka palemahané. Aku,Pangéran Kang Mahakwasa kangngandika.10Saben wong kudu migunakakétimbangan lan ukuran sing bener.11Éfa sing kanggo ngukur baranggaringan kudu padha karo batb singkanggo ngukur barang cuwèr. Singkanggo pathokan homèr. Dadi prenatanéukuran mau mengkéné: 1 homèr padhakaro 10 éfa, padha karo 10 bat.12Déné boboté barang diprenatamengkéné: 20 gera kuwi padha karo 1sèkel; 60 sèkel padha karo 1 mina.

bbat: ukuran kanggé barang cuwèr, kathahipun36 liter.

Page 1231: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 45.13–18 21313Takeran kanggo kurban mengkéné:gandum: 1/60 pametuné panèn. sair:1/60 pametuné panèn. lenga zaitun:1/100 pametuné wit zaitun duwèkmu.wedhus gèmbèl: saben wedhus 200,jupuken siji kanggo kurban. Kowékudu padha nyaosaké kurban rupagandum-ganduman, kurban kéwan singkudu diobong kabèh, lan kéwan kanggokurban slametan, kabèh mau supayakowé padha olèh pangapuraning dosa.Aku, Pangéran Kang Mahakwasa kangdhawuh.14 (45:13)15 (45:13)16Para penduduk kabèh kudu nyaosakébarang sing kanggo kurban-kurban maumarang raja Israèl.17Raja tanggung jawab bab kurbanobongan, kurban dhaharan, kurbanunjukan menawa pinuju dina gedhé, sasianyar, dina Sabbat lan dina-dina riayaliyané. Raja mau kudu nyawisaké kurbanpangruwating dosa, kurban obongan lankurban keslametan kanggo nganakaképirukunan kanggo umat Israèl."18Pangéran Kang Mahakwasa ngandikamengkéné, "Ing dina kapisan, sasi

Page 1232: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 45.19–23 214

kapisan kowé kudu saos kurban rupasapi lanang sing tanpa cacad kanggonucèkaké Pedalemané Allah.19Para imam kudu padha njupukgetihé kéwan sing dienggo kurbanmau sethithik lan diosèr-osèraké ingkosèn-kosèning lawangé PedalemanéAllah, lan ing pojoké papat mesbèh sartaing saka-sakaning gapura plataran njero.20Saben sasi ing dina kapitu kowéuga nindakna kaya mengkono, kanggosakèhé wong sing nglakoni dosa orakejarag utawa saka ora ngertiné.Nganggo cara mengkono kowé njagakasucèné Pedalemané Allah.21 Ing dina kaping patbelas, sasikapisan kowé kudu wiwit ngriayakakéPaskah. Sajroné pitung dina kowé kudupadha mangan roti tanpa ragi.22 Ing dina mau raja kudu nyaosakékurban sapi lanang, minangkapangruwaté dosané dhéwé lan dosanéumat Israèl.23Sabanjuré saben dina sajroné riayamau kudu nyaosaké kurban konjukmarang Pangéran rupa sapi lanangpitu, wedhus gèmbèl pitu, kabèh maukéwan-kéwan sing tanpa cacad, sing

Page 1233: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 45.24–46.2 215

kudu diobong nganti entèk. Raja sabendina iya kudu nyaosaké kurban rupawedhus jawa lanang siji minangkapangruwating dosa.24Saben sapi lanang siji lan wedhusgèmbèl lanang siji sing dienggo kurbanmau, kudu dibarengi kurban dhaharanrupa gandum pitulas setengah liter lanlenga zaitun telung liter.25Kanggo Riaya Tarub Godhong singkawiwitan ing dina kaping limalassasi kapitu, raja saben dina, lawasépitung dina, iya kudu saos kurban kayamengkono kanggo pangruwating dosa,kurban obongan, kurban dhaharan rupagandum lan lenga zaitun."

461Pangéran Kang Mahakwasangandika mengkéné, "Gapura

plataran njero sing madhep ngétankudu ditutup sajroné nem dina, dinanyambut-gawé, nanging ing dina Sabbatlan ing dina Riaya Sasi Anyar kududibukak.2Raja mlebuné kudu liwat platarannjaba, banjur menyang kamar gedhésing ana ing gapura, sarta ngadeg ingsacedhaké saka gapura, karo ngentènipara imam enggoné padha nyaosaké

Page 1234: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 46.3–7 216

kurban obongan lan kurban keslametanéraja. Ana ing gapura mau raja kudunyembah sujud, banjur metu menèh.Lawangè gapura ora kena diinebakénganti soré.3Saben dina Sabbat lan dina Riaya SasiAnyar kabèh wong kudu padha sujudmarang Pangéran ana ing gapura kono.4 Ing dina Sabbat raja kudu saos kurbanobongan marang Pangéran rupa wedhusgèmbèl wadon enem lan wedhus gèmbèllanang siji, kabèh kudu tanpa cacad.5Saben wedhus gèmbèl lanang siji kududibarengi nyaosaké kurban dhaharanrupa gandum pitulas setengah liter lansaben wedhus gèmbèl siji dibarenginyaosaké apa waé sing kepéngindisaosaké. Saben saos kurban dhaharanmau kudu uga nyaosaké lenga zaituntelung liter.6 Ing dina Riaya Sasi Anyar raja kudusaos kurban rupa sapi lanang siji,wedhus gèmbèl nem, wedhus gèmbèllanang siji, kabèh mau kudu tanpacacad.7Saben kurban sapi lanang siji lanwedhus gèmbèl lanang siji kududibarengi sesaosan manasuka. Saben

Page 1235: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 46.8–12 217

kurban dhaharan kudu dibarengisesaosan lenga zaitun telung liter.8Yèn raja arep ninggal bangsalè gapurakono iya kudu metu dalan sing maudiliwati.9Yèn umat Israèl manembah Pangéraning dina riaya, yèn mlebuné liwat gapuraLor, baliné kudu metu gapura Kidul. Ajaana wong sing metuné liwat ing gapurasing wis diliwati nalika mlebu.10Raja tekané bareng karo umat,mengkono uga metuné.11 Ing dina-dina riaya lan ing dina-dinapèngetan sing wis ditemtokaké, kuduana kurban dhaharan rupa gandumpitulas setengah liter kanggo sabensapi lanang siji utawa wedhus gèmbèllanang siji, ditambahi menèh kanggosaben cempé dhaharan apa waé miturutlilaning atiné sing saos kurban. Sabenkurban dhaharan kudu dibarengi lengazaitun telung liter.12Yèn raja arep nyaosaké kurbanmirunggan marang Pangéran, embuhkurban obongan utawa kurbankeslametan, gapura plataran njero kududiwengakaké. Kurban sing disaosakémau padha karo kurban sing disaosaké

Page 1236: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 46.13–17 218

ing dina Sabbat. Yèn raja wis metu,lawanging gapurané kudu ditutupmenèh."13Pangéran ngandika mengkéné,"Saben ésuk raja kudu nyaosaké kurbanobongan konjuk ing Pangéran rupacempé wedhus gèmbèl sing umur setaunlan tanpa cacad. Kurban mau kudukasaosaké saben dina.14Semono uga raja saben ésuk kudunyaosaké kurban dhaharan rupa glepunggandum patang kilogram lan lengazaitun saliter kanggo ngulet glepungé.Prenatan iki katetepaké kanggo ingselawasé!15Kurban cempé, glepung gandum lanlenga zaitun mau kudu kasaosaké sabendina terus-terusan."16Pangéran Kang Mahakwasa dhawuhmengkéné, "Samasa raja masrahaképalemahané sapérangan kanggo anakéminangka ganjaran, palemahan maudadi duwèké anak mau.17Nanging yèn raja mènèhakésapéranganing palemahané marangabdiné, banjur dadi duwèké abdimau, nganti tekan Taun Pangluwaran.Palemahan mau banjur bali marang raja

Page 1237: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 46.18–21 219

menèh. Mung para putraning raja singkena nduwèni palemahané raja dadiwarisané.18Raja ora kena njupuk palemahanduwèké rakyat lan ndarbèki tanah mau.Saben palemahan sing diwènèhakémarang anak-anaké kudu sakapandumané raja dhéwé, lan raja mauora nindhes umat-Ku."19Aku banjur digawa wong lanang maumenyang kamar-kamar sing papanéing saloré pasucèn, liwat lawang ingsandhingé gapura plataran njero singsisih Kidul. Kuwi kamar-kamar sucikanggo para imam. Aku dituduhi papansakuloné kamar-kamar mau,20kandhané, "Iki panggonané paraimam padha nggodhog dagingé kéwansing dienggo kurban pangruwaté dosa,utawa kurban dhendha, lan panggonanégawé roti saka glepung gandum singkasaosaké. Lan ora ana barang suci singdigawa metu menyang plataran njaba,nganti nekakaké paukuman marangumat."21Aku banjur digawa menyang platarannjaba lan dituduhaké yèn saben pojoképlataran mau ana platarané cilik sing

Page 1238: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 46.22–47.3 220

dawané rong puluh mèter lan ambanélimalas mèter.22 (46:21)23Saben plataran mau dikubengitémbok, lan ana pawoné sing nèmplèkkaro témbok mau.24Wong mau kandha karo aku, "Pawon-pawon iki panggonané para peladènéPasucèn padha nggodhog dagingé kéwansing disaosaké umat kanggo kurbankonjuk marang Pangéran."

471Aku banjur digawa wonglanang mau menyang lawanging

Pedalemané Allah menèh. Sakasangisoré lawang mau ana banyu milimengétan, kaya madhepé PedalemanéAllah iya mengétan. Banyu mau mili ingnjero lemah saka pérangané PedalemanéAllah sisih Kidul, sakidulé mesbèh.2Aku banjur digawa wong lanang maumetu saka wewengkoné PedalemanéAllah liwat gapura Lor, diajak mubeng-mubeng nganti tekan gapura singmadhep ngétan. Ing kono ana kali cilik,sing metu saka sakidulé gapura.3Wong lanang mau banjur ngukur sakapanggonan metuné banyu limang atusmèter mengétan. Bareng tekan ing kono

Page 1239: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 47.4–9 221

aku dikon nyemplung ing kali. Jeronékali mau mung sapolokku.c4Saka kono wong lanang mau ngukurmenèh mengétan limang atus mèter. Anaing kono jeroné banyu sadhengkulku.Saka kono wong mau ngukur menèhlimang atus mèter nganut ilining banyu,jeroné banyu sabangkèkanku.5Wong mau ngukur saka kono limangatus mèter menèh, panggonan konobanyuné jero banget, saka jeroné ngantiora kena daksabrangi. Bisané nyabrangyèn nglangi.6Wong mau kandha karo aku,"Yéhezkièl, kabèh mau catheten singtliti." Aku banjur dientas lan digawa balimetu ing uruting pinggir kali.7 Ing pinggiring kali mau kiwa-tengenana wit-witané akèh.8Kandhané wong mau marang aku,"Banyu iki mili mengétan, ngliwatidaérah kono lan Lembah Yardènmenyang Segara Mati. Banyuné SegaraMati sing asin banget kuwi bakal daditawa.9Menyang endi waé iliné banyu maubakal nguripi sakèhé kéwan lan iwak.

cpolok: ugel-ugelé suku.

Page 1240: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 47.10–13 222

Merga kali mau banyuné Segara Matibakal dadi tawa, lan merga iliné kuwiapa waé bakal urip.10 Ing sauruting kali mau, wiwit sakaÈn-Gédi tekan Èn-Églaim bakal akèhwong golèk iwak lan bakal padhamanggon ing sapinggiring segara. Ingpanggonan kono bakal akèh wong padhamépé jalané. Iwaké werna-werna, orakalah karo sing ana ing Segara Tengah.11Nanging banyu sing ana ing rawa-rawa lan blumbang-blumbang sing anaing sapinggiring segara ora dadi tawa.Lan bakal tetep dadi panggonan njupukuyah.12 Ing sakiwa-tengené kali mau bakalakèh wit-witané sing metokaké woh-wohan. Godhongé bakal ora tau alum,lan wohé bakal ora kendhat-kendhat.Saben sasi bakal metokaké woh,merga olèh banyu kali sing etuké sakaPedalemané Allah. Wit-wit mau wohébakal dadi pangan lan godongé daditamba."13Pangéran Kang Mahakwasa ngandikamengkéné, "Iki watesé tanah-tanahsing kudu kokedum ing antarané para

Page 1241: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 47.14–18 223

taler rolas. Taleré Yusuf wènèhana rongpanduman.14Aku wis janji kanthi supaos marangpara leluhuré, yèn bakal maringakétanah iki dadi tanah pusakané. Saikitanah iki dumen.15Watesé tanah Israèl kuwi sing sisihLor wiwit saka Segara Tengah mengétanngliwati Hètlon tekan dalan sing tekanHamat, banjur ngliwati Zedad,16Berota, Sibraim, sing dunungé ingantarané wilayahé kraton Damsyik lankraton Hamat; saka kono terus tekanHazar-Enon sing dunungé ana ingwilayahé kraton Hauran.17Dadi watesé tanah Israèl sing sisihLor mau lakuné saka Segara Tengahmengétan menyang kutha Énon, tunggaltapel wates karo wilayah kraton Damsyiklan kraton Hamat ing sisih Lor.18Tapel watesé tanah Israèl sing sisihWétan wiwit saka tempuké tapel watesDamsyik lan Hauran, banjur sauruté KaliYardèn. Sakuloné kali mau dadi tanahéIsraèl, lan sawétané kali mau wilayahéGiléad, nganti tekan Tamar, sing ana ingsapinggiré Segara Mati.

Page 1242: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 47.19–48.1 22419Tapel watesé sing sisih Kidul-kulonlakuné saka Tamar terus menyang tanahKadèsy, banjur ngalor ngulon saurutétapel watesé tanah Mesir, nganti tekanSegara Tengah.20Tapel watesé sing sisih Kulon SegaraTengah, mengalor tekan ing panggonansakuloné Hamat.21Tanah kuwi dumen ing antarané parataler Israèl,22 supaya dadi tanah pusakané turun-temurun. Wong manca sing padhamanggon ing satengahmu lan padhaanak-anak ana ing kono wènèhanapanduman. Wong-wong mau kudukokrengkuh kaya wong Israèl asli lanuga olèh panduman palemahan nganggoundhi, bebarengan karo para taleréIsraèl.23Wong manca sing manggon ingsatengahé taler iya kudu kokwènèhitanah pusaka kaya wargané taler mau.Mengkono pangandikané Pangéran KangMahakwasa."

481Tapel watesé tanah sing sisih Lorkuwi wiwit saka Segara Tengah

mengétan tekan kutha Hètlon, terustekan undhak-undhakan Hamat, tekan

Page 1243: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 48.2–9 225

kutha Énon, terus tekan tapel watesantarané kutha Damsyik lan Hamat.Saben taler nampa sapérangané tanahsing gumelar saka tapel wates Wétanmengulon tekan Segara Tengah. Urut-urutané saka Lor mengidul mengkéné:Dhan, Asyèr, Naftali, Manasyè, Éfraim,Rubèn, Yéhuda2 (48:1)3 (48:1)4 (48:1)5 (48:1)6 (48:1)7 (48:1)8Pérangan candhaké kudu kacawisakékanggo kapreluan mirunggan.d Jembarétanah mirunggan mau dawané rolassetengah kilomèter lan ambané rolassetengah kilomèter, saka Lor mengidul,lan saka Wétan mengulon, sauruté tapelwatesé tanah pandumané para taler.Ana ing tanah mirunggan mau bakalkabangun Pedalemané Allah.9 Ing satengahé tanah mau kudu anasing kacawisaké kagem Pangéran,

dmirunggan: mligi (khusus, istiméwa: bhs. Ind.).

Page 1244: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 48.10–14 226

jembaré rolas setengah kilomèter kapingsepuluh kilomèter.10Ana ing tanah suci kono para imampadha olèh panduman tanah. Tanahépara imam mau dawané saka Wétanmengulon rolas setengah kilomèter, lansaka Lor mengidul limang kilomèter.Pedalemané Allah kudu kabangun anaing tengahé tanah suci mau.11Tanah suci mau kapilih kanggopomahané imam-imam turuné Zadhok.Imam-imam mau wis padha ngladosiAku kanthi setya lan ora mèlu nylèwènggawé dosa karo wong Israèl liyané, kayasing ditindakaké déning para warganéklompok Lèwi.12Mulané imam-imam mau ngenggonidaérah sing dipiji, jèjèr karo daérahétaler Lèwi, lan tanah mirunggan maudadi daérah sing suci dhéwé.13Wong Lèwi iya ngenggoni tanah kangmirunggan ing sakidulé tanahé paraimam. Jembaré saka Wétan mengulonrolas setengah kilomèter, lan saka Lormengidul limang kilomèter.14Tanah mau apik dhéwé ing satanahIsraèl kabèh, mulané ora kena didol

Page 1245: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 48.15–20 227

utawa diijolaké karo wong liya, mergadadi tanah sing dipiji kagem Gusti Allah.15Sisané tanah sing mirunggan mau,sing dohé rolas setengah kilomèter, lanambané loro setengah kilomèter kuwiora suci, lan kena dienggo kepentinganéwong akèh. Wong lumrah kena manggoning kono lan nggarap tanah mau.Kutha sing dibangun kudu ana ingtengah-tengahé tanah mau,16 lan ukurané kutha kuwi saben sisihékudu rongèwu rong atus sèket mèter.17Kutha mau kudu dikubengi ara-arasing ambané satus selawé mèter.18Sawisé kuthané dibangun ing daérahmirunggan, sisané yakuwi ing sawétanélan ing kuloné kutha mau, siji-sijinéjembaré limang kilomèter kaping lorosetengah kilomèter, kuwi kadadèknapategalan karebèn digarap déningwong-wong sing padha nyambut-gawéing kutha.19Saben wong sing manggon ing kuthakono, asal saka taler endi waé, kenanggarap tanah mau.20Dadi tanah sing ana ing satengahépalemahan mirunggan mau pesagi lanjembaré rolas setengah kilomèter ping

Page 1246: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 48.21–28 228

rolas setengah kilomèter. Klebu ingkono, tanah sing didegi kutha.21Sawétan lan sakuloné daérahmirunggan, yakuwi daérah singdienggoni Pedalemané Allah, para imamlan wong Lèwi sarta didegi kutha, kuwitanahé raja. Sisih Wétan tapel watesénegara, sisih Kulon Segara Tengah. Tapelwatesé Lor tanah Yéhuda, lan sisih Kidultanah Bènyamin.22 (48:21)23Sakidulé daérah mirunggan, sakatapel watesé negara sisih Wétanmengulon tekan Segara Tengah, kuwidadi pandumané para klompok liyané.Urut-urutané saka Lor mengidul:Bènyamin, Siméon, Isakar, Zébulon,Gad.24 (48:23)25 (48:23)26 (48:23)27 (48:23)28Tanah pandumané taler Gad kuwiwatesé sing sisih Kidul-kulon padhakaro tapel watesé negara, saka kuthaTamar terus tekan tanah Kadèsy, banjurngalor-ngulon turut tapel watesé tanahMesir menyang Segara Tengah.

Page 1247: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YEHEZKIEL 48.29–35 22929Pangéran Kang Mahakwasa ngandikamengkéné, "Kaya mengkono caranépamérangé tanah sing diedum ingantarané para taleré Israèl, supaya dadiatanah pusakané."30Kutha Yérusalèm ana gapuranérolas. Bètèngé patang iring; dawanésaben iringé rongèwu rong atus sèketmèter, ing bètèng mau ana gapuranételu, kajenengaké manut salah sijinétaler. Gapura-gapura ing bètèng sisihLor jenengé: Rubèn, Yéhuda lan Lèwi.Gapura-gapura ing bètèng sisih Wétanjenengé: Yusuf, Bènyamin lan Dhan.Gapura-gapura ing bètèng sisih Kiduljenengé: Siméon, Isakar lan Zébulon;gapura-gapura ing bètèng sisih Kulonjenengé: Gad, Asyèr lan Naftali.31 (48:30)32 (48:30)33 (48:30)34 (48:30)35Dawané bètèng kutha patang iringmau kabèh gunggungé sangangèwumèter. Kutha mau sabanjuré bakalkasebut: "ALLAH ANA ING KÉNÉ!".

Page 1248: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

Daniel

11Nalika Yoyakim enggoné jumenengraja Yéhuda nyandhak taun kateluné,

Nebukadnésar, raja ing Babil nyerangkutha Yérusalèm, banjur dikepung.2Raja Yoyakim diulungaké déningPangéran ing tangané RajaNebukadnésar, semono uga prabotéPedalemané Allah sebagéan. Sakondurémenyang Babil Raja Nebukadnésarmbekta wong tawanan sawetara ing kuilbrahalané. Déné prabot PedalemanéAllah disimpen ana ing gudhangé kuilmau.3Raja Nebukadnésar ndhawuhiAspenas, penggedhéné para pegawé,supaya milih saka ing antarané wongIsraèl sing ditawan mau nonomansawetara sing kagolong turuné ratu lantedhaking wong luhur.4Yakuwi nonoman sing bagus rupané,wasis, trampil, gampang nampanipiwulang, lan awaké tanpa cacad,supaya mbésuk bisa ngladèni apamesthiné ana ing kraton. Aspenas kudu

Page 1249: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 1.5–10 2

mulang nonoman mau maca lan nulisbasa Babil.5Sang Raja iya dhawuh supaya paranonoman mau saben dina diparingipangan lan anggur kaya sing kasaosakémarang para wargané kraton. Sawisédilatih telung taun para nonoman maukudu disowanaké ing ngarsané SangRaja.6 Ing antarané nonoman sing kapilihmau ana sing jenengé Dhanièl, Hananya,Misaèl lan Azarya.7Penggedhéné kraton paring jenenganyar marang para nonoman mau.Dhanièl dijenengaké Bèltsazar,Hananya dijenengaké Sadrakh, Misaèldijenengaké Mésakh lan Azaryadijenengaké Abèdnégo.8Dhanièl niyaté ora bakal najisaké awaknganggo pangan lan ombèn-ombènsaka kedhaton. Mulané banjur njalukpitulungané Aspenas,9 lan Pangéran ngosikaké atiné Aspenassupaya becik srawungé karo Dhanièl.10Nanging Aspenas wedi karo SangRaja, mulané kandha karo Dhanièl,"Sang Prabu sampun nemtokaken babmenapa ingkang kedah panjenengan

Page 1250: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 1.11–15 3

dhahar lan unjuk. Menawi sarirapanjenengan ketingal mboten segerkados para nènèman sanès-sanèsipun,kula mesthi badhé dipun pejahi."11Dhanièl banjur nemoni wong jagasing diangkat déning Aspenas dadipengawasé Dhanièl, Hananya, Misaèl lanAzarya, aturé,12 "Kula sakanca mugi panjenengancobi; selaminipun sedasa dinten mugikaparingana nedha sayuran lan ngombétoya pethak kémawon.13Lajeng kula aturi nandhingkawontenan kula sakanca kaliyanpara nènèman ingkang sami nedhadhaharan saking kedhaton. Menawisampun, panjenengan lajeng netepnaadhedhasar kawontenan kula tiyangsekawan menika."14Panyuwuné mau dijurungi déningwong sing jaga, banjur padha dicobasuwéné sepuluh dina.15Bareng wis kliwat sepuluh dina,kaanané Dhanièl sakanca nyata luwihseger lan rosa tinimbang karo paranonoman sing padha mangan dhaharanéSang Prabu.

Page 1251: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 1.16–21 416Sabanjuré wong jaga mau nerusakéenggoné mènèhi sayuran lan oradhaharan saka kedhaton.17Nonoman papat mau padha diparingikawruh lan kapinteran bab kasusastranlan filsafat déning Pangéran. MalahDhanièl kaparingan kawicaksanannerangaké maknané wahyu lan impèn.18Bareng wektu telung taun singkatetepaké déning Sang Prabu wiskliwat, Aspenas banjur nyowanaké paranonoman mau marang ngarsané SangPrabu Nebukadnésar.19Kabèh padha diajak ngandikan karoSang Prabu. Sang Prabu kepranan dénéing antarané para nonoman kabèh oraana sing madhani Dhanièl, Hananya,Misaèl lan Azarya. Mulané kabèh banjurpadha diangkat dadi pegawé kraton.20Pandanguné Sang Prabu bab apawaé utawa prekara sing angèl-angèl,nonoman papat mau bisa ngaturiwangsulan, lan kawruhé ngungkuli tikelsepuluhé para peramal lan juru nujumsanegara kabèh.21Dhanièl manggon ana ing kedhatonkono nganti Babil katelukaké déningSang Prabu Korèsy ing Pèrsia.

Page 1252: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 2.1–5 5

21Nalika Nebukadnésar, raja ing Babil,enggoné dadi raja nyandhak taun

kapindho, panjenengané supena, mulapenggalihé ora jenjem nganti ora bisasaré.2Sang Prabu banjur utusan nimbalipara abdiné tukang ngramal, ahli nujumlan ahli sihir kadhawuhan nerangakésupenané mau. Bareng wis padha sowaning ngarsané,3Sang Prabu nuli ngandika, "Atiku orakepénak, merga ngimpi lan kepénginngerti apa maknané impèn mau."4Sing padha marek mau banjur munjuknganggo basa Aram, "Dhuh SangPrabu, mugi langgenga kasugenganpanjenengan! Mugi kersa paringsumerep menggah ing supena menika,lajeng kawula sami badhé nyaosi pirsamaknanipun."5Pangandikané Sang Prabu, "Aku wisnetepaké yèn kowé sing kudu nyaosipirsa marang aku apa impènku maulan nerangaké apa maknané. Yèn orabisa, kowé mesthi bakal dikethok-kethoksarta omahmu bakal padha didadèkakéjugrugan.

Page 1253: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 2.6–10 66Nanging yèn kowé bisa nyaosi pirsaapa impènku mau lan nerangakémaknané, kowé bakal dakparingiganjaran lan kaurmatan gedhé.Saiki critakna impènku lan terangnamaknané!"7Unjuké wong-wong mau, "DhuhSang Prabu, mugi kersa ngandikakakensupena panjenengan, mangké kawulasami badhé ngunjukaken uningamaknanipun."8Mireng unjuké wong-wong mau, SangPrabu ngandika, "Aku wis ngira yènkowé padha arep ngulur wektu; kowéwis padha krungu putusanku.9Kowé kabèh bakal nampa paukumankaya mengkono yèn ora bisa ngunjukakéuninga apa sing dakimpèkaké. Kowéwis padha nganakaké sarujukan ingantaramu arep ngapusi aku, kanthipengarep-arep putusanku bakal béda.Matura waé aku ngimpi apa lan apategesé!"10Unjuk wangsulané para abdi mau,"Mboten wonten tiyang setunggalkémawon ing salumahing bumi,ingkang saged ngunjuki uninga babpamundhutipun Sang Prabu. Mboten

Page 1254: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 2.11–15 7

wonten ratu, senajan ingkang agungpiyambak pangwaosipun mundhutingkang kados mekaten menika dhatengpara abdinipun tukang ngramal, ahlinujum tuwin ahli sihir.11Pamundhutipun Sang Prabu menikasaklangkung awrat ngantos mbotenbadhé wonten tiyang ingkang sagedminangkani, kejawi para déwa, mangkamenika mboten dedalem ing satengahingmanungsa."12Mireng unjuké wong-wong mau SangPrabu duka banget lan dhawuh matènipara penaséhaté kraton Babil kabèh.13Sarèhné dhawuh mau katujokakémarang sakèhé para penaséhatkraton, dadi iya klebu Dhanièl lankanca-kancané.14Dhanièl banjur nemoni Ariokh,penggedhéné pengawalé kraton, singkadhawuhan nindakaké putusané SangPrabu. Kalawan ngati-ati Dhanièl nyuwunpirsa,15yagéné Sang Prabu paring dhawuhsing semono kerasé. Mulané Ariokhbanjur nyritakaké marang Dhanièl sebabmusababé kedadéan mau.

Page 1255: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 2.16–21 816Sanalika Dhanièl nyuwun palilahséba ing ngarsané Sang Prabu lan iyadiparingi wektu longgar supaya bisangaturi pirsa apa tegesé impèné SangPrabu mau.17Dhanièl banjur mulih lanngandhakaké bab mau kabèh karokanca-kancané, yakuwi Hananya, Misaèllan Azarya.18Padha dikon nyenyuwun sih-piwelasmarang Allah ing swarga supaya kersaparing ketrangan bab impèné SangPrabu, supaya padha ora dipatèni barengkaro para penaséhaté kraton ing Babil.19Benginé Dhanièl diparingi weruhdéning Allah bab tegesé wewadi mauana ing sajroning tetingalan. MulanéDhanièl banjur memuji marang Allah ingswarga mengkéné,20 "Allah kuwi Mahawicaksana lanMahakwasa! Kaluhurna asmané ingselawasé.21Panjenengané ngwaosi sakèhéwektu lan mangsa; Panjenengané singnjumenengaké lan nglèngsèr pararatu; Panjenengané uga sing paringkawicaksanan, lan paring pangertèn.

Page 1256: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 2.22–25 922Panjenengané sing ngudhariprekara-prekara sing jero lan winadi;Panjenengané sing pirsa prekara-prekarasing ketutupan déning pepeteng,merga Panjenengané piyambak kuwipepadhang.23Dhuh Allahipun para leluhur kawula,Paduka kawula luhuraken lan kawulapuji, awit Paduka sampun paringkawicaksanan lan karosan dhatengkawula; inggih sampun miyarsakakendhateng pandonga kawula, mila kawulabadhé sami saged ngaturaken wangsulandhateng Sang Prabu."24Dhanièl banjur nemoni Ariokh, singkapasrahan matèni para penaséhatékraton kabèh. Aturé Dhanièl marangAriokh, "Para penaséhat menikasampun ngantos panjenengan pejahi.Panjenengan kula aturi nyowanaken kulaing ngarsanipun Sang Prabu, mangkékula badhé ngaturi ketrangan babtegesipun impèn menika."25Dhanièl banjur disowanaké SangPrabu Nebukadnésar karo maturmengkéné, "Kula manggih tiyang ingantawisipun para tiyang bucalan sakingtanah Yahudi, ingkang saged ngaturaken

Page 1257: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 2.26–29 10

supenanipun Sang Prabu lan menapategesipun supena wau."26Pangandikané Sang Prabu marangDhanièl (sing iya karan Bèltsazar), "Apabener kowé bisa ngaturi uninga marangaku apa sing dakdeleng ing impènku lannerangaké apa tegesé?"27Atur wangsulané Dhanièl, "DhuhSang Prabu, mboten wonten ahlingèlmu, dhukun, tukang ngramal lanahli nujum ingkang saged ngaturi uningadhateng Panjenenganipun Sang Prabubab prekawis menika.28Nanging wonten Allah ing swargaingkang mbikak prekawis-prekawisingkang winados. Inggih Allahmenika ingkang paring pirsa dhatengPanjenenganipun Sang Prabu babmenapa ingkang mbénjing badhékelampahan. Samenika keparengakula ngaturi pirsa supena ingkangPanjenengan pirsani ing salebetipunsaré.29Nalika saré Sang Prabu supenabab menapa ingkang mbénjing badhékelampahan. Pangéran ingkangmbikak prekawis-prekawis ingkang

Page 1258: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 2.30–34 11

winados kersa paring uninga dhatengPanjenengan.30Prekawis ingkang winados wausampun kawedharaken dhateng kula,mboten margi kula langkung wicaksanatinimbang tiyang-tiyang sanèsipun,nanging supados Sang Prabu pirsategesipun supena menika, sartaprekawis-prekawis ingkang tuwuhwonten ing penggalihipun Sang Prabu.31Dhuh Sang Prabu, wonten ingsupena menika Sang Prabu jumenenging sangajengipun reca ingkangageng sanget, rupinipun mencorongngédab-édabi.32Reca wau sirahipun kadamel sakingemas murni; dhadha lan lengenipunsaking slaka, weteng lan lambungipunsaking tembaga;33pupunipun saking tosan, lansukunipun sapérangan saking tosan lansapérangan saking lempung.34Nalika Sang Prabu taksih jumenengmirsani reca wau, wonten séla agengtanpa kagepok déning tanganing tiyang,mlesat ndhawahi sukunipun reca wau,suku wau ngantos remuk.

Page 1259: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 2.35–39 1235Sanalika tosan, lempung, tembaga,slaka lan emas ing reca wau ajur-mumurkados awu ingkang wonten ing papanpatuton ing mangsa bentèr. Tumuntenkabur ing angin, ngantos tilas-tilasipunmboten ketingal malih. Nanging sélaingkang ngremuk reca wau saya dangusaya mindhak ageng ngantos dados redingebaki salumahing bumi.36Kados mekaten supena menika.Samenika keparenga kula ngunjukakenketrangan menapa tegesipun.37Dhuh Sang Prabu, paduka menikaratu ingkang agung piyambak ingantawisipun para ratu. Allah ing swargasampun paring dhateng panjenenganpangwaos ageng, kasantosan lankaurmatan.38Panjenengan ngerèh para manungsaingkang manggèn ing salumahing bumi,mekaten ugi ngerèh sakathahing kéwanlan peksi. Inggih Panjenengan menikaingkang kaibarataken sirah emas ingreca menika.39Sapengker Panjenengan badhémadeg kraton malih, ingkang mbotenageng kados kraton Panjenengan,sesampunipun menika badhé madeg

Page 1260: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 2.40–43 13

kraton ingkang kaping tiga, kratoningkang kaibarataken tembaga, ingkangngratoni salumahing bumi ugi.40Sesampunipun menika lajeng badhéwonten kraton ingkang kaping sekawan,ingkang rosanipun kados tosan, ingkangngremuk samukawis menika, kraton waubadhé ngremuk lan nggiles kraton-kratoningkang madeg sadèrèngipun.41Panjenengan inggih pirsa, bilih pupulan sukunipun reca menika sapérangansaking tosan lan sapérangan sakinglempung. Menika ateges nglebetipunpecah. Saking njawi ketingalipun sentosakados tosan, margi ing nglebet pancènwonten tosanipun ingkang kacampurkaliyan lempung.42Drijinipun suku sapérangan wonteningkang saking tosan, sapérangan malihsaking lempung, menika tegesipunkraton wau sapérangan kiyat, nangingsapérangan malih ringkih.43Panjenengan inggih pirsa, bilih tosanmenika kacampur kaliyan lempung.Menika tegesipun, bilih para raja ingkraton wau sami nyobi nyatunggilakenpara kulawarganipun srana sesémahan,nanging gagal, kados déné tosan lan

Page 1261: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 2.44–46 14

lempung mboten saged kacampur dadossetunggal.44 Ing jamanipun para ratu wau Allahing swarga badhé ngedegaken kratoningkang langgeng. Ingkang selaminipunmboten badhé saged katelukaken,malah Panjenenganipun badhé numpeskraton-kraton sanèsipun sedaya, lajengmadeg lestantun ing selaminipun.45Panjenengan pirsa bilih wonten sélaingkang mlesat tanpa kagepok déningtanganing manungsa lan kadospundiséla wau nrejang reca ingkang kayasasaking lempung, tosan, tembaga, slakalan emas? Menika tegesipun bilih AllahIngkang Mahaluhur paring sumerepdhateng Panjenengan menapa ingkangmbénjing badhé kelampahan. Kulasampun ngunjukaken pirsa menapaingkang mbénjing badhé kelampahan.Kula sampun ngunjukaken pirsamenapa ingkang Panjenengan pirsaniing salebeting supena, mekaten ugisampun ngunjukaken menapa tegesipunsedaya."46Sang Prabu Nebukadnésar sujudnyembah marang Dhanièl sarta paring

Page 1262: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 2.47–3.2 15

dhawuh supaya gawé kurban kanggoDhanièl.47Pangandikané Sang Prabu, "Allahmukuwi pinunjul dhéwé ing antarané paraallah. Panjenengané kuwi ratuningpara ratu, sing mbikak prekara-prekarawinadi. Aku yakin temenan, merga kowéwis bisa ngerti lan nerangaké wewadinéimpènku."48Dhanièl banjur kadadèkaké pegawésing dhuwur pangkaté, lan kaganjarrupa-rupa kang éndah-éndah. Dhanièldiangkat dadi gubernur propinsi Babil,lan didadèkaké penggedhéné parapenaséhaté kraton.49Dhanièl nyuwun marang Sang Prabusupaya Sadrakh, Mésakh lan Abèdnégokapasrahan ngurusi pepréntahan ingpropinsi Babil mau; déné Dhanièl dhéwétetep manggon ana ing kratoné SangPrabu.

31Sang Prabu Nebukadnésar yasareca emas, dhuwuré pitulikur mèter,

gedhéné mèh telung mèter. Reca maudidegaké ing Lembah Dura, ing propinsiBabil.2Sang Prabu banjur dhawuhnglumpukaké para priyagung lan

Page 1263: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 3.3–7 16

para pegawé, yakuwi para pangéran,para gubernur, para menteri, parawargané Déwan Pertimbangan Agung,para hakim agung, para bupati, parabendaharawan, para ahli hukum lansakèhé pegawé propinsi-propinsi.Kabèh kadhawuhan njenengi enggonéngresmèkaké reca sing wis didegakédéning Sang Prabu Nebukadnésar mau.3Bareng para priyagung wis padhanglumpuk prelu njenengi enggonéngresmèkaké reca mau,4banjur ana abdi dalem sing kapatahngacarani, swarané sora, "Hé umaténegara kabèh, para bangsa sing basanéwerna-werna.5Samasa kowé padha krungu swaranéslomprèt, suling, clempung, rebab,gambus, serdam lan unèn-unèn liyané,kowé banjur padha sujuda nyembahreca sing didegaké déning Sang PrabuNebukadnésar.6Sing sapa ora sujud lan nyembah recamau, sanalika bakal kacemplungaké ingpawon sing murub makantar-kantar."7Mulané bareng padha krungu uninéslomprèt lan unèn-unèn liyané mausakèhé umat, bangsa-bangsa sing

Page 1264: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 3.8–13 17

basané apa waé banjur padha sujudlan nyembah reca emas sing didegakédéning Sang Prabu Nebukadnésar mau.8Dhèk semono ana wong Babil sawetarasing nggugat wong-wong Yahudi.9Unjuké marang Sang PrabuNebukadnésar mengkéné, "Dhuh SangPrabu, sugenga ing selaminipun!10Paduka sampun ndhawuhaken, bilihsamasa ungel-ungelan dipun ungelaken,saben tiyang kedah sujud nyembahdhateng reca emas.11Sarta sinten kémawon ingkangmboten sujud lan nyembah reca wau,badhé kacemplungaken ing pawoningkang murub mulad-mulad.12Wonten tiyang Yahudi sawetawis,ingkang paduka pasrahi pepréntahan ingBabil, inggih menika Sadrakh, Mésakhlan Abèdnégo, mboten mreduli dhatengdhawuh paduka. Tiyang-tiyang waumboten sami nyembah allahipun SangPrabu utawi sujud dhateng reca emasingkang dipun yasa déning Sang Prabu."13Mireng atur mengkono mau SangPrabu duka banget, banjur dhawuhsupaya wong telu mau kasowanaké ingngarsané.

Page 1265: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 3.14–18 1814Pangandikané Sang Prabu marangwong telu mau mengkéné, "Sadrakh,Mésakh lan Abèdnégo, apa temenankowé padha ora gelem nyembah déwakulan ora gelem sujud marang reca emassing dakdegaké?15Saikiné, samasa kowé padha krunguuniné slomprèt lan unèn-unèn liyané,padha sujuda lan nyembaha reca kuwi?Yèn ora, sanalika iku uga kowé bakalkacemplungaké ing pawon sing murubngalad-alad. Apa saka pangiramu anadéwa sing bisa ngluwari kowé?"16Sadrakh, Mésakh lan Abèdnégobanjur munjuk marang Sang PrabuNebukadnésar mengkéné, "Dhuh SangPrabu, kawula mboten badhé mbélanibadan kawula piyambak.17Menawi Allah ingkang kawula bektènisaged ngluwari kawula saking pawonmurub lan saking astanipun Sang Prabu,temtu Panjenenganipun badhé kersangluwari.18Éwasemanten senajanPanjenenganipun mboten kersa,mugi ndadosna ing pamirsanipun SangPrabu, bilih kawula sami mboten badhényembah dhateng déwanipun Sang

Page 1266: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 3.19–24 19

Prabu, lan inggih mboten badhé sujuddhateng reca emas ingkang sampunpanjenengan degaken."19 Ing kono Sang Prabu Nebukadnésarduka banget, lan pasuryané dadi abangmbranang mirsani Sadrakh, Mésakhlan Abèdnégo. Banjur dhawuh supayapanasing pawoné ditikelaké pitu,20 sarta dhawuh marang wongsing rosa dhéwé saka ing antaranétentara, mbanda wong telu mau sartanyemplungaké ing pawon sing murubngalad-alad.21Wong telu mau nuli dibanda karoisih nganggo sandhangané, yakuwijubah, clana, serban, lan penganggonéliyané, banjur kacemplungaké ing pawonmurub.22Sarèhné panasé pawon ditikelaképitu, mula prejurit sing padhanyemplungaké wong telu ing pawon maunganti padha kobong lan mati.23Sadrakh, Mésakh lan Abèdnégosing isih padha kabanda banjur padhatiba ing satengahé pawon sing murubngalad-alad mau.24Sanalika Sang Prabu Nebukadnésarjumeneng merga kagèt sarta gumun

Page 1267: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 3.25–28 20

banget. Pandanguné marang parapegawéné, "Apa dudu wong telu mausing kabanda lan kacemplungaké ingpawon murub kuwi?" Unjuké singkadangu, "Inggih leres, Gusti."25 "Nanging aku weruh wong papatpadha mlaku ngénak-énak ana ingsatengahé geni? Ora padha kabanda, lanora apa-apa. Malah wong sing nomerpapat kuwi rupané kaya putraningdéwa."26Sang Prabu Nebukadnésar banjurnyelaki lawanging pawon sarta nimbaliwong telu mau, "Sadrakh, Mésakhlan Abèdnégo, para abdiné Allah KangMahaluhur, metua lan mrénéa!" Sanalikabanjur padha metu.27Para pangéran, para gubernur, parabupati lan para penggedhéné liyanébanjur padha nglumpuk lan namatakéwong telu mau, déné padha ora kobongbabar-pisan. Rambuté ora kebrongot,sandhangané ora kobong, malah mambusangit waé ora!28Sang Prabu banjur ngandika, "PinujiaAllahé Sadrakh, Mésakh lan Abèdnégo!Déné Panjenengané wis ngutusmalaékaté ngluwari abdi-abdiné sing

Page 1268: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 3.29–4.3 21

padha precaya marang Panjenengané.Padha pilih nerak dhawuhé ratu lanngetohaké nyawané ketimbang sujud lannyembah marang allah liyané, sing duduAllahé dhéwé.29Mulané saiki aku ndhawuhaké, sapawaé ing antarané umat, bangsa lan basasing ngala-ala marang Allahé Sadrakh,Mésakh lan Abèdnégo bakal ditugel-tugellan omahé bakal dirubuhaké, merga oraana allah liyané sing bisa ngluwari kayamengkono."30Pangkaté Sadrakh, Mésakh lanAbèdnégo banjur diunggahaké déningSang Prabu ana ing propinsi Babil.

41Sang Prabu Nebukadnésar nyebarpengumuman marang sakèhé umat,

bangsa lan basa ing salumahing bumimengkéné: "Salamku tumekaa marangkowé kabèh!2Rungokna, aku arep nyritakakémujijat-mujijat sing diketingalaké déningAllah Kang Mahaluhur marang aku.3Saiba gedhéné kaélokan-kaélokansing diparingaké marang kita! Saibagedhéné pangwasané mujijat-mujijatsing ditindakaké! Allah jumeneng

Page 1269: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 4.4–9 22

raja ing selawas-lawasé; pangwasanélanggeng."4Aku Nebukadnésar manggon ingkratonku kanthi kepénak, mergakasugihanku akèh banget.5Nanging aku banjur ngimpi lan ingsajroning impèn weruh rerupan singmedèni banget.6Aku banjur dhawuh nglumpukakésakèhé penaséhat kraton ing Babil sartakasowanaké ing ngarepku, supaya padhanerangaké tegesé impènku mau.7Para juru ngramal, juru sihir, jurutenung lan ahli pelintangan banjurpadha kasowanaké ing ngarsaku, lanbanjur padha dakcritani bab impènku.Nanging wong-wong mau padha ora bisangunjukaké ketrangan bab impènku.8Sawisé mengkono Dhanièl, (kang ugakaran Bèltsazar, kaya asmané déwaku)kasowanaké marang aku. Dhanièlkadunungan rohing para déwa, mulanéimpènku dakcritakaké marang dhèwèké,mengkéné,9 "Bèltsazar, aku ngerti yèn kowékadunungan rohé para déwa, mulanéngerti marang prekara sing winadi.

Page 1270: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 4.10–15 23

Mengkéné impènku, lan aku kandhananaapa tegesé.10Sajroning turu aku ngimpi weruh anawit gedhé lan dhuwur banget ngadeg ingsatengahing bumi.11Wit mau saya suwé saya gedhé lansaya dhuwur nganti sundhul ing langitlan saben wong ing bumi padha weruh.12Godhongé wit mau éndah banget,wohé mbiyet akèh banget, nganti cukupkanggo ngingoni makluk sajagad kabèh.Kéwan galak padha ngéyub ing sangisorélan manuk ing awang-awang padhanusuh ing pang-pangé, sakèhing titahpadha olèh pangan saka wit mau.13Nalika aku lagi mikir-mikir babimpèn mau, dumadakan ana malaékattumedhak saka langit kalawan waspadalan siaga.14Ngandika kanthi sora mengkéné, ‘Witkuwi tegoren, pang-pangé kethoken.Godhongé prithilana lan wohé sebaren.Kéwan-kéwan sing ana ing ngisorébuyarna lan manuk-manuk sing ana ingpang-pangé gusahen.15Nanging tunggaké karebèn kèriing lemah, cancangen nganggo rantéwesi lan tembaga. Karebèn tetep

Page 1271: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 4.16–19 24

ana ing ara-ara awor suket. Karebènkatelesan déning ebuning langit lan uripbebarengan karo kéwan lan thethukulan.16Pitung taun lawasé wong kuwi bakalora kadunungan budining manungsa,nanging budining kéwan.17Mengkono putusané para malaékatsing waspada lan siaga. Kaya mengkonomau supaya wong kabèh ing ngendi waéngerti, yèn Pangéran Kang Mahaluhurngwaosi kraton-kratoné manungsa lanmaringaké kraton mau marang sapawaé sing dikersakaké, senajan wongsing asor dhéwé pisan bisa kaparingandéning Panjenengané.’18Kaya mengkono impèn singdaktampa, mengkono pangandikanéSang Prabu Nebukadnésar, ‘Saiki kowé,Bèltsazar, aturna marang aku apategesé impèn kuwi. Merga sakèhingpara penaséhaté kraton ora ana singbisa, mung kowé sing bisa, jalaran kowékadunungan rohé para déwa suci.’"19Krungu mengkono mau Dhanièlsing iya karan Bèltsazar mung menengwaé karo dheleg-dheleg merga sakakagèté. Sang Prabu ngandika menèh,"Bèltsazar, impèn lan tegesé kuwi aja

Page 1272: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 4.20–23 25

nganti gawé kagètmu." Atur wangsulanéBèltsazar, "Dhuh Sang Prabu, impèn lanketranganipun menika mugi namungakatujokaken dhateng para satru padukalan mboten dhateng paduka.20Wit ingkang agengipun ngantossundhul ing langit menika ketingal ingsalumahing bumi.21Ronipun éndah sanget, lanwohipun mbiyet sanget ngantos sagedkanggé nggesangi jagad saisènipun.Kéwan galak sami njerum ngaso ingsangandhapipun, lan peksi-peksi samidamel susuh wonten ing pang-pangipun.22Dhuh Sang Prabu, wit menikamboten sanès Sang Prabu piyambak,inggil lan sentosa. Paduka sampunmindhak-mindhak ing kamulyan ngantossundhul ing langit, lan pangwaos padukanyrambahi salumahing bumi.23Nalika Sang Prabu taksihmaspadakaken tetingalan menika,wonten malaékat tumedhak sakingswarga kalayan ngandika, ‘Wité tegorenlan sirnakna, mung karèkna tunggaké.Tunggak kacancanga nganggo rantéwesi lan tembaga, karebèn tetep anaing ara-ara awor suket, lan teles déning

Page 1273: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 4.24–26 26

ebuning langit sarta awor kéwan galaknganti pitung taun lawasé.’24Tegesipun menika mekaten: DhuhSang Prabu, Gusti Allah IngkangMahaluhur sampun paring pirsa dhatengpanjenengan bab menapa ingkangbadhé kelampahan.25Paduka badhé katundhung sakingmasarakating manungsa lan manggènawor kaliyan kéwan-kéwan ing wana.Pitung taun laminipun paduka badhédhahar rumput kados lembu jaler,lan saré wonten ing ara-ara, telesdéning ebuning langit ingkang ndhawahipaduka, ngantos paduka ngakenibilih Allah Ingkang Mahaluhur menikaingkang ngwaosi kraton-kratoningmanungsa, sarta saged maringakendhateng soktiyanga ingkang dipunkersakaken.26Para malaékat sami mutusakennilar tunggak menika wonten ing siti.Menika tegesipun bilih paduka badhéjumeneng raja malih, sesampunipunpaduka ngakeni, bilih ingkang ngratonisalumahing bumi menika namung Allahpiyambak.

Page 1274: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 4.27–32 2727Pramila dhuh Sang Prabu, kersaanampi pamrayogi kawula, inggihmenika ngèndeli damel dosa sartanindakna kaleresan saha kawelasandhateng tiyang miskin. Menawi mekatenSang Prabu badhé lestantun ngalamikaraharjan."28Kabèh mau kelakon nekani marangSang Prabu Nebukadnésar;29awit let rolas sasi, nalika pinujutindak-tindak ana ing payoné kedhatoning Babil,30panjenengané ngandika, "Saiba tagedhéné Babil iki! Apa dudu aku singyasa kutha Babil nganggo kekuwataningpangwasaku, dakdadèkaké kutha krajantandha gedhéning kamulyanku."31Durung rampung enggoné ngandika,dumadakan ana swara saka langitngandika, "Raja Nebukadnésar,rungokna pangandika-Ku! Kratonmu wiskapundhut saka ing kowé.32Kowé bakal katundhung sakaantarané manungsa lan bakal urip amorkaro kéwan alasan, sarta mangan suketkaya sapi, nganti pitung taun lawasé.Kowé bakal ngakoni yèn Allah KangMahaluhur kuwi sing ngwaosi kraton-

Page 1275: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 4.33–36 28

kratoning manungsa lan maringakémarang sokwonga sing dikersakaké."33Pangandika mau sanalika kelakon.Sang Prabu Nebukadnésar kasingkirakésaka antarané masarakating manungsalan dhahar suket kaya sapi. Sariranételes déning ebuning langit. Rémané dadidawa kaya wuluning manuk garudha, lankukuné iya kaya kukuning manuk.34Sang Prabu Nebukadnésar ngandika,"Bareng wis kliwat pitung taun,aku banjur tumenga ing langit lanakal-budiku bali menèh. Aku banjurmemuji asmané Allah Kang Mahaluhur,dakluhuraké lan dakmulyakakéPanjenengané kang gesang langgenging selawas-lawasé. Panjenengané bakalngerèh ing selawasé, lan kratoné bakallanggeng tanpa wangenan.35Para wong sing ana ing bumikaanggep rèmèh. Malaékat ing swargalan manungsa ing bumi kabèh ana ingpangwasané. Ora ana manungsa singbisa nyegah kersané utawa nyuwun pirsabab pendamelé."36Bareng akal-budiku pulih, kaluhuranlan kamulyaning kratonku iya kabalèkakémarang aku menèh. Para pegawéku lan

Page 1276: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 4.37–5.4 29

para luhur padha methukaké aku. Akunampani menèh kraton lan pangwasaku,malah ngungkuli sing wis kepungkur.37Saiki aku, Nebukadnésar, memuji,ngluhuraké sarta mulyakaké RatuningSwarga. Sakèhé pendamelé bener lanadil; sarta kwaos ngasoraké wong-wongsing gemunggung.

51 Ing sawijining bengi Sang PrabuBèlsyazar ngulemi para priyagung

sèwu diajak kembul bujana ana ingkraton. Ana ing kono padha ngunjukanggur bebarengan.2Nalika lagi padha ngunjuk SangPrabu Bèlsyazar dhawuh nggawamlebu tuwung-tuwung saka emaslan slaka sing biyèn kaasta déningSang Prabu Nebukadnésar, ramané,saka Pedalemané Allah ing Yérusalèm.Enggoné utusan njupuk tuwung-tuwungkuwi supaya panjenengané, para luhur,garwa-garwané lan selir-seliré bisapadha ngunjuk nganggo tuwung mau.3Tuwung-tuwungé banjur digawamrono, sarta kabèh nuli padha ngunjukanggur nganggo tuwung-tuwung kuwi.4Sajroné padha ngunjuk anggur karomemuji déwa-déwa emas lan slaka,

Page 1277: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 5.5–9 30

tembaga sarta wesi apa déné kayu lanwatu.5Dumadakan katon kaya tanganingmanungsa nulis ana ing témbokékedhaton sing kasorotan déning lampu-lampu sing padhang banget. Sang Prabupirsa tangan sing lagi nulis,6pasuryané banjur dadi pucet lan sakawediné sampéyané ngoplok.7Banjur dhawuh kanthi sora utusannekakaké para ahli sihir, ahli tenunglan ahli pelintangan. Bareng wispadha kasowanaké Sang Prabu, banjurdingandikani, "Sapa waé sing bisa macatulisan kuwi lan nerangaké apa tegesébakal dienggoni jubah keprabon wungu,dikalungi ranté emas, sarta kaparinganpangwasa dadi wong katelu ana ingkratonku."8Para penaséhaté kraton mau banjurpadha maju, nanging siji waé ora anasing bisa maca tulisané utawa ngaturakéapa tegesé.9Sang Prabu Bèlsyazar penggalihé sayasemplah, sarta banjur dadi saya pucet,lan para penggedhé ora ngerti apa singkudu ditindakaké.

Page 1278: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 5.10–13 3110 Ibuné Sang Prabu bareng mirengbanjur mlebet ing papaning bujana,sarta ngandika, "Sang Prabu lestariasugeng ing selawasé! Aja kuwatir lan ajadadi pucet.11 Ing kraton kéné ana wong singkadunungan rohing para déwa suci.Nalika kang rama jumeneng raja,wong mau ketitik enggoné wasis, duwékawruh, lan wicaksana. Lan Sang PrabuNebukadnésar, kang rama wis misudhawong mau dadi penggedhéné parasarjana, para nujum, para juru tenunglan para ahli pelintangan.12Wong kuwi ampuh, wasis lan pinternerangaké impèn, ngudhari prekara-prekara sing ruwed, sarta ngungkapprekara-prekara sing winadi. JenengéDhanièl, sing iya karan Bèltsazar,dhawuha nggolèki. Wong mau bakal bisanerangaké apa tegesé kuwi kabèh."13Sanalika Dhanièl disowanaké ingngarsané Sang Prabu. Sang Prabubanjur ngandika marang Dhanièl, "Apakowé kuwi Dhanièl, wong Yahudi singkaboyong mréné saka Yéhuda déningramaku?

Page 1279: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 5.14–18 3214Aku krungu yèn kowé kadununganrohing para déwa suci, lan kowéwong wasis kaparingan kawruh lankawicaksanan.15Para wong wicaksana lan para ahlingèlmu wis padha kasowanaké mrénésupaya maca lan nerangaké tegesétulisan iki marang aku, nanging padhaora bisa.16Aku krungu yèn kowé ngerti prekarasing samar sarta bisa nerangaképrekara-prekara sing winadi. Yèn kowébisa maca tulisan kuwi lan ngaturakéuninga marang aku apa tegesé, kowébakal dienggoni jubah keprabon wungu,dikalungi ranté emas lan kawisudha dadiwong katelu sing nyekel pangwasa anaing kraton."17Unjuké Dhanièl, "Ganjaranipun SangPrabu kagema Sang Prabu piyambak,utawi kaparingna tiyang sanès, kawulabadhé maosaken kagem Paduka menapaingkang kaserat sarta ngaturi pirsamenapa tegesipun.18Gusti Allah Ingkang Mahakwasasampun njumenengaken kang rama,Sang Prabu Nebukadnésar dados ratu

Page 1280: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 5.19–21 33

agung, kanthi kaparingan pangwaos lankamulyan.19Kawibawanipun semanten agengipunngantos tiyang sedaya, bangsa-bangsamenapa kémawon basanipun sami ajrihsaha gemeter wonten ing ngarsanipun.Sinten ingkang dipun kersakaken pejah,dipun pejahi. Sinten ingkang dipunkersakaken gesang, dipun gesangi.Panjenenganipun paring kaluhurandhateng ingkang dipun kersakaken,lan nglorod sinten ingkang dipunkersakaken.20Nanging sarèhné panjenenganipungemunggung, wangkot lan ambeksiya mila lajeng kalèngsèr sakingdhamparipun sarta kécalankalenggahanipun ingkang luhurwau.21Panjenenganipun lajengkasingkiraken saking jagadingmanungsa, sarta budinipun dados kadosbudinipun kéwan. Panjenenganipunlajeng awor kaliyan kuldi wana, dhaharrumput kados lembu sarta saré ing ara-ara, ngantos teles déning ebuning langit.Ngantos panjenenganipun ngakeni, bilihGusti Allah Ingkang Mahaluhur menika

Page 1281: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 5.22–26 34

ngwaosi kratoning manungsa sartasaged maringaken dhateng soksintenaingkang dipun kersakaken.22Nanging paduka, putranipun, mbotenandhap-asor, senajan paduka nguninganimenika sedaya.23Paduka sampun ngrèmèhakendhateng Allah ing swarga margi dhawuhnganggé pirantosing PedalemanipunAllah, inggih menika tuwung lan cangkirkagem ngunjuk anggur para pengageng,para garwa saha para selir kalayanmemuji dhateng déwa-déwa ingkangkadamel saking emas, slaka, tembaga,tosan, kajeng lan séla, inggih déwa-déwaingkang mboten saged ningali, mireng,menapa malih ngertos menapa-menapa.Paduka mboten ngluhuraken Gusti Allahingkang nemtokaken pejah gesangipunmanungsa, sarta mirsani tindak-tandukpaduka.24 Inggih awit saking menika Gusti Allahlajeng ngutus tangan ingkang nyeratseratan menika wonten ing témbok.25Seratan menika ungelipun mekaten:‘Mené, mené, tekèl, ufarsin’.26Mené, (étang, cacah) tegesipun:wekdal pepréntahan paduka sampun

Page 1282: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 5.27–6.2 35

kaétang déning Gusti Allah sarta dipunpungkasi.27Tekèl (timbangan), tegesipun:paduka sampun dipun timbangmawi timbangan, mangka pinanggihkènthèngen.28Ufarsin (dipun bagi), tegesipun:kratonipun Sang Prabu badhé kabagi lankaparingaken dhateng bangsa Médi lanbangsa Pèrsia."29Sanalika Sang Prabu Bèlsyazardhawuh ngenggoni Dhanièl jubahkeprabon wungu lan ngalungaké rantéemas ing guluné. Dhanièl kawisudhaing kalenggahan kang nyekel pangwasakatelu ing kraton Babil.30 Ing bengi kuwi uga Sang PrabuBèlsyazar, ratuné wong Babil, kasédanan.31 (6-1)sang Prabu Dharius, raja Médising yuswa 62 taun nggentèni jumenengraja.

61 (6-2) Sang Prabu Dharius banjurmisudha gubernur cacahé 120,

sing bakal nindakaké pepréntahan ingsanegara kabèh.2 (6-3) Kejaba kuwi panjenenganéngangkat Dhanièl lan wong loro liyanédadi pengawas sing ngawat-awati para

Page 1283: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 6.3–7 36

gubernur sarta nggatèkaké kepentinganéSang Prabu, supaya Sang Prabu ajanganti kapitunan.3 (6-4) Ora suwé banjur ketitik yènDhanièl enggoné nyambut-gawé luwihbecik ketimbang karo pengawas liya-liyané lan para gubernur. Merga sakakabecikané mau Sang Prabu menggaliharep ngangkat Dhanièl dadi pengawasésanegara kabèh.4 (6-5) Para pengawas lan paragubernur nuli padha nggolèki kaluputanéDhanièl sajroning nglakoni pegawéané.Nanging padha ora bisa nemokaké,sebab Dhanièl kuwi wong temen, lan oragelem laku slingkuh utawa ngapusi.5 (6-6) Wong-wong mau banjur padharerasanan, "Kita mesthi ora bakal bisanemokaké kaluputané Dhanièl, kejababab kaprecayané."6 (6-7) Wong-wong mau nuli padhasowan ing ngarsané Sang Prabu lanmatur, "Dhuh Sang Prabu Dharius,sugenga ing selaminipun!7 (6-8) Kawula sedaya ingkang nyepengpepréntahan: para pengawas, paragubernur, wakil gubernur lan pegawésanès-sanèsipun, sami sarujuk, bilih

Page 1284: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 6.8–10 37

Sang Prabu ndhawuhaken prenatankeras, inggih menika bilih salebetipuntigang dasa dinten menika mbotenwonten tiyang setunggal-tunggalakaparengaken ngunjukaken panyuwunanmenapa-menapa dhateng déwa utawitiyang menapa kémawon, kejawidhateng Sang Prabu piyambak. Sintenkémawon tiyangipun ingkang nerakprenatan menika kedah kacemplungakenwonten ing luwengipun singa.8 (6-9) Sang Prabu mugi kersandhawuhaken prenatan menika sartanapak-asmani, dadosa prenatan mituruthukumipun tiyang Médi lan Pèrsia,ingkang mboten saged kasuwak."9 (6-10) Sang Prabu Dharius iya banjurnapak-asmani dhawuh mau.10 (6-11) Bareng Dhanièl krunguyèn dhawuh mau wis ditapak-asmanibanjur mulih. Ing omahé ana lotèngé,jendhéla-jendhélané madhep menyangYérusalèm. Ana ing kamaré lotèngmau Dhanièl kaya adat-sabené sujudjèngkèng madhep jendhéla lan ndedongamarang Allah sedina ping telu.

Page 1285: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 6.11–14 3811 (6-12) Bareng para mungsuhé weruhDhanièl lagi ndedonga marang GustiAllah,12 (6-13) wong kabèh mau banjurpadha bebarengan sowan Sang Prabunglapuraké Dhanièl. Unjuké, "Dhuh SangPrabu, paduka sampun napak-asmanidhawuh, bilih sinten kémawon ingkangsalebetipun tigang dasa dinten menikangunjukaken panyuwun dhateng déwautawi manungsa sinten kémawon,kejawi dhateng paduka piyambak, badhékacemplungaken ing luwenging singa?"Paring wangsulané Sang Prabu, "Iyabener, kuwi préntah keras, mituruthukumé wong Médi lan wong Pèrsia singora kena dibatalaké."13 (6-14) Wong-wong mau banjur padhamunjuk, "Dhanièl, tiyang bucalan sakingYéhuda menika mboten maèlu utawingèstokaken dhawuh ingkang sampunkaundhangaken menika. Piyambakipunajeg sembahyang sedinten kaping tiga."14 (6-15) Bareng mireng atur singmengkono mau Sang Prabu kagètbanget lan ngudi bisané ngluwariDhanièl, nganti srengéngéné surup.

Page 1286: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 6.15–19 3915 (6-16) Wong-wong mau banjurbali menèh sowan Sang Prabu sartamunjuk, "Dhuh Sang Prabu, padukapirsa bilih miturut hukumipun tiyangMédi lan Pèrsia dhawuh ingkang sampunkaundhangaken menika mboten kéngingdipun éwahi."16 (6-17) Sang Prabu banjurdhawuh supaya Dhanièl dicekel lankacemplungaké ing guwa sing kebaksinga. Pangandikané Sang Prabumarang Dhanièl, "Muga-muga Allah singkokbektèni kanthi mantep kuwi kersangluwari kowé."17 (6-18) Cangkemé guwa mau banjurkatutup nganggo watu gedhé. Watu maubanjur disègel nganggo sègel keprabonlan sègelé para penggedhé, supaya ajaana wong sing bisa ngluwari Dhanièl.18 (6-19) Sang Prabu banjur kondurmenyang kedhaton, nanging sawengimuput panjenengané ora saré, oradhahar lan ora ngersakaké kasenenganapa-apa.19 (6-20) Bareng wis ésuk panjenenganéwungu lan énggal-énggal tindakmenyang guwa singa.

Page 1287: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 6.20–24 4020 (6-21) Tekan sacedhaké guwapanjenengané nimbali Dhanièl karosedhih, "Dhanièl, abdiné Allah kanggesang! Apa Allahmu sing kokbektènikanthi tumemen saged ngluwari kowésaka singa-singa kuwi?"21 (6-22) Unjuk wangsulané Dhanièl,"Dhuh Sang Prabu, mugi langgengayuswa paduka!22 (6-23) Gusti Allah sampun ngutusmalaékatipun mbungkem cangkemipunsinga-singa menika. Gusti Allah sampuntumindak mekaten margi pirsa bilih kulamboten gadhah kalepatan dhateng SangPrabu."23 (6-24) Sang Prabu banget bungahé,banjur paring dhawuh supaya Dhanièldiwetokaké saka guwa. Dhanièl banjurdiunggahaké lan ketitik ora ana tatunéapa-apa, merga saka enggoné kumandelmarang Allahé.24 (6-25) Sang Prabu banjur dhawuhnyepeng wong-wong sing padha nggugatDhanièl sarta sing padha nyemplungakéing guwa sing kebak singa, malah iyapara bojo lan anak-anaké kabèh. Wong-wong mau durung nganti tekan ing jero

Page 1288: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 6.25–7.1 41

guwa wis ditubruk déning singa-singamau lan balungé diremuk-remuk.25 (6-26) Raja Dharius banjur kintunserat marang wong-wong ing salumahébumi, yakuwi para bangsa, trah lan basaapa waé, uniné mengkéné, "Salam!26 (6-27) Lantaran layang iki akudhawuh marang sedhéngah wong singana ing wilayah kraton padha wedialan hurmata marang Allahé Dhanièl.Panjenengané iku Allah kang gesang, lanpangrèhé bakal langgeng ing selawasé.Kratoné bakal ora ngalami rusak, lanpangwasané langgeng tanpa wekasan.27 (6-28) Panjenengané nylametaké lanngluwari, damel kaélokan lan mujijatana ing swarga lan ing bumi. IyaPanjenengané sing ngluwari Dhanièl,nganti ora dimangsa déning singa."28 (6-29) Dhanièl ngalami katentremaning jaman pepréntahané Raja Dhariuslan ing jamané Sang Prabu Korèsy, rajaPèrsia.

71 Ing taun kapisané Sang PrabuBèlsyazar jumeneng raja ing Babil,

aku ing sawijining bengi nampa wahyusajroning impèn. Impèn mau daktulising ngisor iki

Page 1289: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 7.2–7 422 lan dakcritakaké rerupan singdakdeleng ing bengi kuwi: Ana anginteka saka kéblat papat gawé kocakébanyuné segara.3Banjur ana sato kéwan papat gedhébanget jumedhul saka njeroné segara.Sato mau rupané béda-béda.4Sato sing kapisan rupané kayasinga, nanging duwé swiwi kaya swiwinémanuk garudha. Sajroné isih daksawang,swiwiné kajabud. Sato mau banjur tangilan ngadeg kaya wong, lan sato maubanjur kaparingan budi kaya manungsa.5Sato sing kapindho rupané kayabruwang, ngadeg nganggo sikilé mburi.Cangkemé bruwang mau nyokot balungiga telu, lan ana swara kandha karobruwang mau, "Terusna enggonmumangan daging, mangana sawaregmu!"6Nalika aku isih nyawang bruwang mauana sato siji menèh jumedhul. Rupanékaya macan tutul, nanging ing gegeréana swiwiné papat, kaya swiwi manuk.Sato mau endhasé papat, sarta duwépangwasa.7Sajroné aku isih nyawang sato mau,sato sing nomer papat jumedhul.Rupané medèni banget, katon rosa

Page 1290: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 7.8–10 43

lan nggegirisi. Nganggo untuné wesising gedhé banget sato mau ngremukmangsané, banjur diidak-idak. Béda karosato liya-liyané, sato mau ana sungunésepuluh.8Nalika aku isih nyawang sunguné,dumadakan ana sungu cilik muncul ingantarané sungu-sungu liyané. Sungucilik mau nyundhul sungu telu sing wisana nganti coplok. Sungu cilik mau anamatané kaya mripat manungsa lan duwécangkem lan sumbar-sumbar nganggotembung angkuh.9Sajroné isih nyawang terusdumadakan ana dhampar-dhamparkatata. Panjenengané Kang GesangLanggeng pinarak ing dhampar mausalah siji. Agemané putih memplakkaya salju, lan rémané putih kayawuluning wedhus gèmbèl. Dhamparsing dilenggahi mau kapasangan rodhamurub, mula dhampar kuwi iya murubmakantar-kantar.10Dhampar mau metokaké geni kayailining banyu sing diesokaké. Ingkanané ana wong maèwu-èwu singpadha ngladosi Panjenengané, lan wongmayuta-yuta padha ngadeg ana ing

Page 1291: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 7.11–15 44

ngarsané. Pradataning Pengadilan banjurmbukak sidhangé lan kitab-kitabé padhadibukak.11Sajroné nyawang terus, akuisih krungu swarané sungu cilikmau ngucapaké tembung-tembunggemunggung. Bareng daksawang, satosing nomer papat dipatèni, lan dibuwanging geni nganti sirna.12Sato-sato liyané kapundhutpangwasané, nanging padhadiparengaké urip kanggo sawetaramangsa.13 Ing wahyu sing daktampa bengi kuwiaku weruh rerupan mèmper manungsa,nyedhaki aku, ketutupan ing méga.Banjur sowan Panjenengané KangGesang Langgeng.14Panjenengané kaparingan pangwasa,kaurmatan lan wewenangé ratu,supaya sakèhé umat, bangsa, trah lanbasa padha ngladosi Panjenengané.Pangwasané bakal langgeng ingselawasé, lan kratoné bakal ora anawekasané.15Wahyu-wahyu sing dakdeleng maugawé kagètku, nganti atiku resah.

Page 1292: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 7.16–20 4516Aku banjur nyedhaki wong singngadeg ana ing kono karo njaluk tulungnerangaké marang aku, apa tegesékuwi mau kabèh. Wong mau banjurnerangaké marang aku, apa tegesé kuwimau kabèh.17Pangandikané, "Sato papat singgedhé-gedhé kuwi kraton papat singbakal madeg ing bumi.18Umaté Allah Kang Mahaluhur bakalpadha nampani pangwasa nindakaképepréntahan lan bakal padha nyekelpepréntahan mau ing selawas-lawasé."19Aku kepéngin ngerti luwih akèhmenèh bab sato papat, sing béda-béda, kayata sato sing gedhé banget,sing ngremuk mangsané nganggocakaré tembaga lan untuné wesi sartangidak-idak mangsané mau.20Semono uga aku kepéngin ngerti babsungu sepuluh sing ana ing endhasé,sarta sungu sing thukulé kèri lanmarakaké sungu telu sing wis anadhisik padha coplok. Sungu mau duwémata lan cangkem sarta ngucapakétembung-tembung gemunggung. Sungukuwi luwih nggegirisi ketimbang karosungu-sungu liyané.

Page 1293: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 7.21–25 4621Sajroné isih daksawang, dumadakansungu mau nglurugi perang umaté Allahlan nelukaké umat mau.22Panjenengané Kang Gesang ingselawasé nuli rawuh lan paring keadilanmarang para umaté Allah KangMahaluhur. Wis tekan wektuné paraumaté Allah padha nyekel pepréntahan.23Ketrangan sing diparingaké marangaku mengkéné, "Sato sing nomer papatkuwi kraton sing madeg nomer papatana ing bumi lan bakal béda kaananékaro kraton liya-liyané kabèh. Kratonsing nomer papat kuwi bakal ngremuklan ngidak-idak salumahé bumi.24Sungu sepuluh kuwi raja sepuluhsing bakal ngerèh kraton mau. Sawisémengkono banjur bakal ana rajajumeneng; raja kuwi bakal bédabanget karo raja-raja sadurungé, sartanglèngsèr raja telu sing wis ana.25Raja anyar kuwi bakal nyenyamahAllah Kang Mahaluhur sarta nganiayaumaté Allah. Raja mau iya bakal ngudingowahi wektu lan prenatan-prenatan.Umaté Allah bakal kelakon dirèh déningratu mau, lawasé telu setengah taun.

Page 1294: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 7.26–8.3 4726Sawisé mengkono PradataningPengadilan sing ana ing swarga bakalndhawahaké kerampungan. Ratu maubakal kapundhut pangwasané, banjurditumpes babar-pisan.27Sakèhé pangwasaning pepréntahanépara raja ing salumahing bumi bakalkaparingaké marang wong-wongkagungané Allah Kang Mahaluhur.Pepréntahané wong-wong mau bakalora ana wekasané, lan sakèhé rajaing bumi bakal padha dadi abdiné lanmbangun-turut marang pangrèhé.28Tekan seméné critaku. Aku ketamaning giris, nganti rupaku pucet. Kabèhmau daksimpen ana ing atiku dhéwé."

81 Ing taun kateluné pepréntahanéSang Prabu Bèlsyazar, aku nampa

wahyu sing kapindho.2 Ing wahyu mau aku jebul ana ingkutha Susan sing dikubengi bètèng,dunungé ana ing propinsi Élam. Akungadeg ana ing sapinggiring Kali Ulai.3 Ing kono aku weruh ana wedhusgèmbèl lanang ngadeg ing sapinggiringkali. Wedhus mau sunguné loro dawa-dawa, sungu sing siji luwih dawa lanluwih enom ketimbang karo sijiné.

Page 1295: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 8.4–8 484Aku ndeleng wedhus gèmbèl maumbijig mengulon, mengalor, lanmengidul. Ora ana kéwan siji-sijia singbisa ngendheg tumindaké wedhus mauutawa ngéndhani. Wedhus mau tumindaksekarep-karep lan dadi gemedhé.5Sajroné nyawang karo gumun lankepéngin ngerti tegesé kuwi mau,dumadakan ana wedhus bérok lanangmlayu banter banget saka Kulon, sakabanteré playuné nganti tracaké presasatora ngambah lemah. Ing selaningmatané ana sunguné siji.6Wedhus mau nuli nyrudug wedhusgèmbèl lanang sing ngadeg ingsapinggiring kali; enggoné nyrudugsekatogé karosané.7Aku ngawasaké. Saka nepsunéwedhus gèmbèl lanang mau disundhangnganti sunguné loro pisan tugel.Wedhusé gèmbèl lanang ora duwékekuwatan kanggo nanggulangi. Malahdibanting lan diidak-idak déning wedhusbérok, mangka ora ana sing bisamitulungi wedhus gèmbèl mau.8Wedhus bérok mau enggoné gemedhésaya ndadi, nanging bareng wis tekanpucuking pangwasané sunguné tugel.

Page 1296: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 8.9–13 49

Minangka gantiné banjur thukul sunguanyar gedhé cacahé papat, saben sungumadhep kéblat séjé.9Sungu mau ana siji sing kethukulansungu cilik, sing banjur dadi gedhébanget. Thukulé mengidul, mengétanlan madhep marang Tanah Prejanjian.10Sungu mau dadi rosa banget ngantiwani nyerang tentara swarga, malah ugalintang-lintang, nganti ana lintang singtiba ing bumi, banjur diidak-idak.11Wedhusé malah nantang Allah,Ratuning tentara swarga, sarta nglarangwong nyaosaké kurban pedinanmarang Panjenengané sarta najisakéPedalemané Allah.12Ana ing Pedaleman kono wong orapadha nyaosaké kurban, nanging malahpadha gawé dosa, sarta ngabekti marangallah sing sabeneré kudu kabuwang kayalarahan ana ing lemah. Apa waé singditindakaké déning sungu mau dadi.13Aku banjur krungu ana malaékatsing takon karo kancané, "Nganti piralawasé tumindaké prekara-prekara singkaton ing wahyu iki? Nganti pira lawasédosa sing njijiki kuwi ngganti kurbanpedinan? Nganti pira lawasé tentara

Page 1297: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 8.14–19 50

swarga diidak-idak lan Pedalemané Allahkuwi dijag-jag?"14Aku krungu malaékat sijiné mangsuli,"Lawasé nganti 1.150 dina, sawisékuwi ing Pedalemané Allah bakalkacaosaké kurban soré lan ésuk menèh.Pedalemané Allah bakal pulih kaya singuwis-uwis."15Sajroné aku ngudi supaya ngertimaknané wahyu mau, dumadakan anawong ngadeg ana ing ngarepku.16Aku krungu ana swara saka Kali Ulaimuni mengkéné, "Gabrièl, terangnategesé wahyu sing dideleng kuwi."17Gabrièl banjur teka lan ngadeg jèjèraku, lan saka wediku aku nganti ambruking lemah. Pangandikané Gabrièl marangaku, "Hé manungsa sing apes, ngertiayèn wahyu mau kanggo ing jamanwekasan!"18Sajroné Gabrièl isih ngandika, akuambruk ing lemah semaput. Nangingaku dicekel lan didegaké menèh,19karo ngandika, "Kowé dakkandhaniapa sing bakal kelakon merga sakapaukumané Allah ing wekasané jaman.

Page 1298: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 8.20–25 5120Wedhus gèmbèl lanang singkokdeleng lan sunguné loro mau ibaratékraton Médi lan Pèrsia.21Déné wedhus bérok lanangmrelambangi kraton Yunani. Sungu sijising gedhé ing selaning matané kuwiraja sing kawitan.22Déné sungu papat sing thukulnalika sungu sing kawitan tugel, kuwinerangaké yèn kraton Yunani mau bakalpecah dadi papat. Papat-papaté ora anasing pangwasané ngungkuli kraton singkapisan.23Ngadhepaké ambruké kraton papatmau piala wis tekan pucaké nganti kududiukum. Ing kono bakal jumedhul ratusing wangkot atiné, ambek siya landhemen ngapusi.24Ratu mau bakal olèh pangwasagedhé, nanging ora saka kekuwatanédhéwé. Ratu mau bakal nekakakékarusakan gedhé lan apa sing ditandangiolèh gawé. Bakal nekakaké karusakanmarang para penggedhé lan marangpara umat kagungané Allah.25Merga saka juligé raja mau, ngantiapa waé sing dikersakaké bisa kelakon.Raja mau bakal dadi gemunggung

Page 1299: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 8.26–9.3 52

sarta matèni wong akèh tanpa dipriksa.Nanging wekasané raja mau bakalkatumpes, tanpa migunakaké tanganémanungsa.26Wahyu bab kurban soré lan kurbanésuk sing wis katerangaké marang kowémau kabèh bakal kelakon temenan.Nanging wewadi iki enggonen dhéwé,sebab kelakoné isih suwé banget."27Atiku sedhih lan awakku lara kabèhnganti sawetara dina lawasé. Aku banjurtangi lan wiwit nyambut-gawé menèhkanggo Sang Prabu, nanging atiku getermerga saka wahyu mau lan ora ngertiapa karepé.

91Sang Prabu Dharius trah Média,putrané Sang Prabu Akhaswéros,

jumeneng raja ing Babil.2 Ing taun wiwitané pepréntahané,aku nitipriksa kitab-kitab suci lanmikir-mikir bab kaanané Yérusalèm, singmiturut pangandikané Allah marang NabiYérémia, pitung puluh taun lawasé bakaldadi jugrugan.3Aku nyuwun kanthi banget ingpandongaku marang Gusti Allah, kanthingasih-asih, pasa, nganggo sandhanganbagor, lan lungguh ing awu.

Page 1300: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 9.4–7 534Aku ndedonga marang PangéranAllahku, karo ngakoni dosa-dosaku.Unjukku, "Dhuh Allah, Paduka menikaMahaluhur, mila kawula ngluhurakenPaduka. Paduka menika setya dhatengprejanjian Paduka, saha ngetingalakensih Paduka dhateng sedaya tiyangingkang tresna dhateng Paduka, sartanglampahi dhawuh-dhawuh Paduka.5Kawula sami damel dosa, kawula samitiyang awon, ingkang nglampahi piawon.Kawula sami nampik dhawuh ingkangPaduka paringaken supados kawulalampahi, nanging milih nyimpang sakingmergining kaleresan ingkang Padukatedahaken.6Kawula mboten sami mirengakenabdi Paduka, para nabi, ingkang samingandika atas asma Paduka dhatengpara ratu kawula, dhateng leluhurkawula, saha dhateng umat Israèlsedaya.7Dhuh Allah, Paduka menikaingkang leres, nanging kawula tansahndhatengaken wirang dhateng badankawula piyambak. Inggih kawula,bangsa Israèl ingkang sami manggèning Yéhuda lan ing Yérusalèm, menapa

Page 1301: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 9.8–12 54

malih ingkang Paduka sebar manggèning negari-negari celak lan tebih; kawulasedaya mboten sami setya dhatengPaduka.8Para ratu kawula, para pengagenglan para leluhur kawula sampun damelwirang dhateng Paduka lan damel dosadhateng Paduka.9 (9:8)10Dhuh Pangéran Allah kawula, nalikaPaduka ngandika bilih kawula kedahsami gesang miturut dhawuh-dhawuhpeparing Paduka lantaran para nabi, abdiPaduka.11Tiyang Israèl sedaya sampun nerakdhawuh-dhawuh Paduka lan nampikmirengaken pangandika Paduka. Kawulasampun sami damel dosa dhatengPaduka, ngantos Paduka sampunndhatengaken paukuman kados ingkangkaserat ing prenatanipun Musa, abdiPaduka.12Paduka sampun netepi menapaingkang sampun Paduka ngandikakakensadèrèngipun, bab kasangsaran ingkangbadhé Paduka paringaken dhatengkawula. Yérusalèm sampun Padukaukum, awratipun ngungkuli paukuman

Page 1302: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 9.13–16 55

ingkang kadhawahaken dhateng kithasanès-sanèsipun.13Cocog kaliyan paukuman ingkangkasebut ing prenatanipun Musa.Éwasemanten, dhuh Allah, menika wausedaya mboten damel kawula samimratobat saking dosa-dosa kawula,sarta mlampah ing mergining kaleresan.14Dhuh Pangéran, Paduka menikaAllah kawula. Paduka nyawisi paukumankanggé kawula lan inggih Padukaparingaken, margi Paduka selaminipunnindakaken kaleresan, mangka kawulamboten sami purun mirengaken dhawuhPaduka.15Dhuh Pangéran, Allah kawula, Padukasampun ngetingalaken pangwaos sranangirid umat Paduka medal saking tanahMesir, lan pangwaos Paduka menikainggih tansah sami kawula èngeti.Kawula sampun nglampahi dosa; kawulasampun sami damel piawon.16 Ing jaman ingkang sampunkepengker kawula sampun Padukaayomi, pramila Yérusalèm sampunPaduka ukum malih. Menika rak kithakagungan Paduka piyambak, gunungPaduka ingkang suci. Sedaya bangsa

Page 1303: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 9.17–20 56

sakiwa-tengen kawula ngrèmèhakenYérusalèm lan umat Paduka margi sakingdosa-dosa kawula lan dosa-dosanipunpara leluhur kawula.17Dhuh Allah, mugi miyarsakakenpesambat lan panyuwun kawula.Pedaleman Paduka ingkang sampunkarisak menika mugi Paduka bangunmalih. Kabanguna malih, supados sabentiyang sumerep bilih Paduka menikaAllah.18Mugi kersa miyarsakaken aturkawula, dhuh Allah. Kersaa mirsanikasisahan kawula, saha kasangsaranipunkitha ingkang kasebut mawi asmaPaduka. Enggèn kawula ndedongalambaran sih-piwelas Paduka, mbotenlambaran kasaénan kawula.19Dhuh Pangéran, mugi kersa paringpangapunten. Dhuh Pangéran, kersaamiyarsakaken lan lajeng kersa tumindak!Supados saben tiyang sami sumerepa,bilih Paduka menika Allah. Mugi sampunandedangu! Kitha saha umat menika rakkagungan Paduka piyambak!"20Aku nerusaké enggonku ndedonga,ngakoni dosa-dosaku lan dosa-dosané

Page 1304: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 9.21–24 57

umat Israèl, karo ngrerepaa ingngarsané Pangéran, Allahku, supayakersa mbangun Pedalemané Allah.21Sajroné ndedonga, dumadakanGabrièl, sing wis dakdeleng ana ingwahyu sadurungé, mabur medhunmarani aku. Nalika semono lagi wektunésaos kurban soré.22Gabrièl paring ketrangan mengkéné,"Dhanièl, tekaku mréné prelu mbiyantukowé supaya ngerti maknané wahyu.23Nalika kowé ngasih-asih ana ingngarsané Pangéran, Panjenenganéparing wangsulan marang kowé.Panjenengané asih marang kowé,mulané aku teka prelu awèh weruhmarang kowé. Saiki rungokna singtemenan ketranganku bab wahyu mau.24Wektu sing ditetepaké déning Allahkanggo ngluwari umatmu lan nucèkakékutha suci saka dosa lan kanisthan kuwilawasé pitu ping pitung puluh taun. Ingkono dosa bakal diapura lan keadilanlanggeng ditetepaké. Srana mengkonowahyu lan ramalan bakal kelakon, sartaPedalemané Allah karesmèkaké menèh.

angrerepa: nyuwun kawelasan, ngasih-asih.

Page 1305: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 9.25–27 5825Titènana lan ngertia: Wiwitsaka wektu Allah dhawuh mbangunYérusalèm, tekan rawuhé KangJinebadanb déning Allah, kuwi lawasépitu ping pitung taun. Sajroné sewidakloro taun ping pitu Yérusalèm bakalkabangun menèh, dalan-dalané lanbètèngé, nanging ing jaman kuwi bakalana kasusahan akèh.26Sawisé jaman mau Kang Jinebadandéning Allah bakal kasédanan tanpakaluputan. Kutha Yérusalèm lanPedalemané Allah bakal kagempurdéning tentaraning ratu sing gedhépangwasané, nglurugi perang mrono.Tekané serangan kaya banjir, nggawakarusakan sing wis katetepaké déningAllah.27Raja mau bakal gawé prejanjian singabot karo rakyat lawasé pitung taun, lansawisé kliwat telu setengah taun, rajabakal nglarang kurban sembelèhan lankurban dhaharan. Juru Pangrusak banjurbakal teka rerikatan ing PedalemanéAllah lan manggon ing kana, sarta padha

bKang Jinebadan: Yang Diurapi (bhs. Ind.);Mèsias.

Page 1306: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 10.1–6 59

kasirnakaké déning Allah, kaya sing wiskatetepaké."

101 (Ing taun kang katelunépepréntahané Korèsy, ratu

ing Pèrsia, ana pangandikané Allahkadhawuhaké marang Dhanièl, sing iyakaran Bèltsazar. Pangandika mau nyatasaka Pangéran, nanging angèl bangetdigayuh ing nalar. Ketrangan bab tegesékaparingaké ana ing wahyu.)2Nalika semono aku lagi nglakoniprihatin lawasé telung minggu.3Aku nyegah mangan énak lan daging,ora ngombé anggur lan ora jungkatannganti sapundhaté telung minggu mau.4Nalika sasi kapisan taun kuwi tanggalkaping patlikur, aku ngadeg ana ingsapinggiré kali gedhé, yakuwi BengawanTigris.5Bareng aku ngawasaké mendhuwuraku weruh ana wong nganggo jubah lénaputih, sabukan emas murni.6Sarirané mencorong kaya permata.Pasuryané padhang njingglang kayapadhanging kilat. Paningalé murub kayageni. Astané lan sampéyané gilap kayatembaga sing digebeg, sarta swantené

Page 1307: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 10.7–12 60

kaya gemuruhé wong akèh padhanglumpuk.7Sing weruh wahyu mau mung akudhéwé. Wong-wong sing bebarengankaro aku ora padha weruh apa-apa,nanging padha ketaman ing giris, banjurpadha mlayu ndhelik. Dadi aku mungkari ijèn.8Bareng weruh wahyu singnggumunaké mau, awakku lemes,ora duwé kekuwatan sethithik-thithika.Raiku saking puceté nganti wong singndeleng aku mesthi pangling.9Nalika aku krungu swarané, akusemaput ambruk mengkureb ing lemah.10Banjur ana tangan sing nyekelaku, aku diangkat cagakan tangan landhengkulku karo wèl-wèlan.11Pangandikané malaékat marang aku,"Dhanièl, Gusti Allah asih marang kowé.Ngadega, rungokna lan gatèkna apa singdakkandhakaké iki. Aku diutus nemonikowé." Nalika krungu pangandika mau,aku banjur ngadeg karo wèl-wèlan.12Malaékat mau ngandika karo aku,"Dhanièl, aja wedi. Gusti Allah wismiyarsakaké pandongamu wiwit dinakapisan, nalika kowé duwé niyat

Page 1308: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 10.13–17 61

ngasoraké awakmu supaya diparingipangertèn. Tekaku iki merga arep awèhwangsulan bab pandongamu mau.13Penggedhéné kraton Pèrsia nglawanaku nganti selikur dina. Nanging Mikhaèl,penggedhéné malaékat banjur tekanulungi aku, merga ing Pèrsia akudhèwèkan.14Tekaku arep awèh pangertèn marangkowé bab apa sing bakal kelakontumraping bangsamu ing dina mbésuk.Wahyu kuwi magepokan karo apa singmbésuk bakal kelakon."15Nalika malaékat mau ngandikamengkono, aku mandeng lemah,blangkemen.16Malaékat sing rupané kaya wonglanang mau, banjur ngathungaké astanékaro ndumuk lambéku. Aku banjurmatur, "Wahyu menika njalari kulakécalan daya kekiyatan kula, ngantosbadan kula sekojur lemes lan gemeter.17Kula ibaratipun réncang-tumbasaningkang ngadeg ing ngajengingbendaranipun. Kadospundi enggèn kulasaged wicanten? Menawi mboten gadhahdaya kekiyatan, malah mboten gadhahdaya kanggé ambekan."

Page 1309: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 10.18–11.2 6218Aku didemèk sepisan menèh, banjurkrasa kuwat.19Pangandikané, "Gusti Allah asihmarang kowé, mulané aja wedi utawanyumelangaké prekara apa waé." Barengkrungu pangandika mau, rasané awakkusaya kuwat. Aku banjur matur, "Mugikersa ngandikakaken menapa ingkangbadhé kadhawuhaken, awit badan kulasampun kraos sekéca."20Pangandikané malaékat mau, "Apakowé ngerti apa sebabé aku nemonikowé? Ora liya mung arep medharakéapa sing katulis ana ing Kitabé Kayektèn.Saiki aku arep bali dhisik, perangnglawan pengawalé kraton Pèrsia.Sawisé mengkono penggedhénékraton Yunani bakal teka. Ora anasing ngréwangi aku kejaba Mikhaèl,pengawalé bangsa Israèl.21 (10:20)

111Mikhaèl kuwi sing tanggungjawab ngréwangi lan mbélani aku.

2 (11-2a) Apa sing dakkandhakakésaiki marang kowé kuwi nyata." (11-2b)Pangandikané malaékat, "Isih ana rajatelu menèh sing bakal ngerèh Pèrsia,kasusul déning sing nomer papat, sing

Page 1310: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 11.3–7 63

sugihé ngungkuli liya-liyané. Barengtekan pucaké kasugihan lan pangwasanéraja mau bakal nantang kraton Yunani.3Yèn wis mengkono bakal ana raja singgagah prakosa. Raja mau bakal mréntahnganggo pangwasa gedhé lan tumindaksekarepé dhéwé.4Bareng wis tekan pucakingpangwasané, kratoné bakal pecahdadi papat. Raja-raja sing dudu tedhakébakal ngganti dadi raja, nanging bakalpadha ora kadunungan pangwasa kayaraja mau.5Raja ing Mesir bakal dadi kuwat.Nanging salah sijining jéndralépangwasané bakal ngungkuli. Jéndralkuwi bakal nyekel pepréntahan nganggopangwasa sing luwih gedhé.6Sawisé wetara taun raja Mesir bakalgawé prejanjian karo raja Siria. RajaMesir mau maringaké putrané putri dadigarwané raja Siria. Nanging prejanjianmau ora langgeng. Putri mau, garwa lanputrané, sarta para pendhèrèké enggonénggawa saka Mesir, padha dipatèni.7Sawisé mengkono ora let suwésedhèrèké dadi raja. Raja mau nglurugi

Page 1311: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 11.8–13 64

perang tentara Siria, mbedhah kratonélan nelukaké tentara Siria mau.8Raja kuwi bakal kondur menyang Mesirkaro ngasta reca-reca pepundhèné wongSiria sarta barang-barang saka emas lanslaka sing kanggo memuja reca-recamau. Sawisé ngalami katentremansawetara taun lawasé.9Raja Siria nyerbu tanah Mesir, nangingkalah perangé lan dipeksa mundur.10Para putrané raja Siria banjur bakaltata-tata nglurug perang menèh lannglumpukaké tentara sing luwih akèhmenèh. Ana putrané ngebyuki tanahMesir kaya banjir, banjur nyerbu bètèngémungsuh.11Raja Mesir saka nepsuné bakalmetoni perang nglawan raja Siria mau.Tentarané Siria sing akèh mau bakalkalah perangé.12Raja Mesir bakal dadi gemunggungmerga wis menang perangé, lan wismatèni serdhadhu akèh. Nangingkemenangané mau bakal ora langgeng.13Raja Siria saulihé saka pepranganbanjur bakal nglumpukaké tentaranésing luwih akèh ketimbang karo singuwis-uwis. Samasa wis tekan titi-

Page 1312: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 11.14–17 65

mangsané raja Siria mau bakal nglurugiperang Mesir menèh karo nggawatentara sing luwih akèh lan diprabotiluwih pepak.14 Ing Mesir bakal akèh wong singpadha brontak marang Sang Prabu.Panunggalané bangsamu sing ambeksiya iya bakal gemrégah mbangkangmerga nampa wahyu, nanging bakaldikalahaké.15Raja Siria banjur bakal ngepungkutha sing disentosani nganggo bètèng,lan ngrebut kutha mau. Para prejuritéMesir bakal ora nerusaké perangé.Senajan sing rosa dhéwé bakal orakeconggah perang.16Tentarané Siria sing nglurugi perangmau bakal tumindak sewenang-wenangtanpa ana sing bisa ngalang-alangi.Bakal padha ngenggoni Tanah Prejanjianlan ngwasani tanah mau kabèh.17Raja Siria bakal ngrancang nglurugperang nggawa balané kabèh. Supayabisa nelukaké tentaraning mungsuhé,mungsuh mau bakal diajak gawéprejanjian nganggo diwènèhi anakéwadon dikon ngepèk bojo. Nangingrancangané mau bakal ora olèh gawé.

Page 1313: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 11.18–21 6618Sawisé mengkono raja Siria maubakal nyerang bangsa-bangsa singpadha manggon ing sapinggiring segara,sarta akèh sing bakal ditelukaké.Nanging raja mau bakal ditelukakédéning raja saka manca negara, lan kuwising bakal nglèrèni pretingkahé rajaSiria sing gemedhé, lan gentèn digawéwirang.19Raja Siria bakal bali menyangnegarané dhéwé, menyang kutha-kuthané sing disentosakaké nganggobètèng-bètèng nanging bakal terus kalahperangé. Lan yakuwi wekasané riwayaté.20Raja mau bakal diganti déning rajaliyané. Raja mau bakal utusan pegawésing meres rakyat srana pajeg sing abot,kanggo ngundhakaké kasugihané kratonSiria. Nanging ora let suwé raja maubakal dipatèni sesidheman, ora ana ingngarepé wong akèh lan ora ana ingpeprangan."21Malaékat mau banjur nerusakéngandikané, "Raja Siria mau banjurdigentèni wong sing asor budiné, singora pantes dadi raja. Ora kanyana-nyanawong mau muncul, ngrebut pangwasanganggo cara licik.

Page 1314: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 11.22–27 6722Sapa waé sing ngalang-alangi,senajan Imam Agungé Allah pisan, bakaldisirnakaké.23Srana gawé prejanjian karo liya-liyabangsa, raja mau bakal saya mundhakgedhé pangwasané, senajan bangsanédhéwé mung cilik.24Raja mau bakal nyerang propinsising subur tanpa kandha-kandha lannindakaké penggawé-penggawé sing oratau ditindakaké déning para leluhuré.Olèh-olèhané enggoné njarah-rayah ingpeprangan bakal diedum ing antaranépara balané. Raja bakal ngrancangnyerbu bètèng-bètèng, nanging wektusing dicawisaké wis entèk.25Kalawan kendel raja mau bakalnglumpukaké tentara lan nyerangMesir, sing iya siap karo tentarané singakèh banget. Nanging raja Mesir bakaldikalahaké nganti ora olèh gawé.26Para penaséhaté padha nyulayani,nganti akèh prejurité sing mati ingpeprangan lan tentarané kasirnakakékabèh.27Raja loro mau banjur padha lungguhmangan saméja, nanging padha-padhasangu kekarepan ala, nganti sing siji

Page 1315: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 11.28–32 68

nggorohi sijiné. Karo-karoné bakal padhaora olèh gawé, merga durung tekanwektuné.28Raja Siria banjur bakal mulihmenyang negarané dhéwé karo nggawabarang-barang rayahané. Atiné ngigit-igit arep nyirnakaké wong sing padhanggegegi Prejanjiané Allah. Kuwi iyaénggal katindakaké, banjur lagi mulihmenyang negarané.29Ora wetara suwé raja mau banjurnyerang negara Mesir menèh, nangingkelakoné ora kaya sing dhèk kapisan.30Sebab wong Rumawi bakal padhateka nganggo prau lan nglawan, ngantiraja Siria mau bakal miris atiné. Mulanémulihé bakal karo nepsu banget lansajroning gregeten nedya numpespiyandelé para umaté Allah, bakalnggatèkaké naséhaté wong-wong singpadha nyingkur saka piyandelé.31Tentarané bakal dikon najisakéPedalemané Allah. Kurban pedinan bakaldisuwak, banjur diedegaké mesbèhkanggo déwané.32Nganggo cara rupa-rupa raja maubakal olèh bantuané wong-wong singpadha murtad saka piyandelé marang

Page 1316: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 11.33–36 69

Allah, nanging wong-wong sing ngabektimarang Allah bakal padha nglawan.33Para wicaksana sing dadi pemimpinéumat mau bakal padha rembugan karowong akèh supaya padha tumindakakanthi wicaksana. Nanging ing sawetaramangsa akèh panunggalané umaté Allahsing dipatèni ing sajroning pepranganutawa diobong nganti mati, ana menèhsing dirampog lan dilebokaké ingpakunjaran.34Sajroné disiya-siya umaté Allah bakalolèh pitulungan sawetara, senajan akèhwong sing olèhé padha nggabung karoumat mau mung merga mburu kepénakkanggo awaké dhéwé.35Para pemimpin sing wicaksanamau bakal ana sawetara sing dipatèni,nanging kuwi njalari kaprecayané wongakèh padha disentosakaké. Lelakon kuwibakal lestari nganti wekasané jaman,sing wis katetepaké déning Allah.36Raja Siria bakal tumindak sewenang-wenang. Bakal ngaku yèn luwih luhur lanluwih ampuh ketimbang karo para déwa,malah ngungkuli Gusti Allah. Enggonébisa tumindak mengkono mau ngantitekan titi-mangsané Allah nibakaké

Page 1317: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 11.37–40 70

paukuman. Gusti Allah bakal nindakakécocog karo apa sing wis karancang.37Raja mau bakal ngabekti marangallahé para leluhuré, uga déwa-déwasing disembah déning para wong wadon.Satemené ora ngrèwès déwa ngendiwaé, merga rumangsané awaké dhéwékuwi ngungkuli sakèhé para déwa.38Kosokbaliné iya éring karo déwasing mbaureksa bètèng-bètèng. Rajamau bakal nyaosaké kurban rupa emas,slaka, permata adi lan pisungsungsing larang-larang regané marang paradéwané sing durung tau diweruhi déningpara leluhuré.39Bètèng-bètèngé bakal dikon njagawong-wong sing nyembah déwa liyamenèh. Raja mau bakal awèh ganjarangedhé marang wong sing gelem ngakoniolèhé dadi raja. Bakal padha diganjarpangkat dhuwur, lan palemahan.40Bareng wis mèh tekan titi-mangsanéwekasané sugengé raja Siria, raja Mesirbakal teka nyerang. Raja Siria siaganglawan serangan mau kalawan ngetogkarosané, rupa kréta perang, jaran lankapal pirang-pirang. Raja Siria mau

Page 1318: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 11.41–12.1 71

ngrancang bakal nyerang negara akèh,kaya banjir sing ngeleb samubarang.41Malah iya arep nyerang TanahPrejanjian lan matèni wong ngantipirang-pirang leksa, nanging tanahÉdom, Moab lan sisané tanah Amonbakal oncat.42Samasa nyerang negara-negara maukabèh, tanah Mesir uga bakal diserang.43Raja-branané tanah Mesir singkapendhem kayata emas, slaka lanbarang-barang pengaji liyané bakaldigawa lunga kabèh. Raja Siria mauiya ngrancang arep nelukaké Libia lanSudan.44Dumadakan bakal ana kabar tekasaka Wétan lan Kulon sing gawé giriséraja mau. Éwasemono ora bakal nglawanperang karo ngiwut, matèni wong watonakèh.45Raja Siria bakal masang kémahékeprabon ing antarané segara langunung sing dienggoni PedalemanéAllah. Nanging raja mau bakal tiwas,tanpa ana sing bisa awèh pitulungan."

121Malaékat sing ngagem agemanléna mau nuli ngandika, "Ing

wektu kuwi Mikhaèl, malaékat agung

Page 1319: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 12.2–5 72

sing ngamping-ampingi bangsamu,bakal rawuh. Ing kono bakal anakasangsaran akèh, sing durung taukelakon wiwit anané bangsa-bangsanganti tekan ing wektu kuwi. Ing wektukuwi wong kabèh sing klebu umat Israèl,sing jenengé katulis ana ing kitabé Allahbakal kapitulungan rahayu.2Sarta akèh wong sing wis mati, bakalurip menèh, ana sing banjur kaparinganurip langgeng, lan ana sing nandhangsangsara lan kanisthan langgeng.3Para wong wicaksana bakal padhamencorong kaya padhanging langit. Lansing wis padha nuntun wong akèh ingdalan sing becik, bakal padha mengkilatkaya lintang-lintang ing selawasé."4Pangandikané marang aku, "Saikiné,Dhanièl, kitab kuwi tutupen lan sègelennganti tekan wekasané jaman. Akèhwong sing bakal ngetog kabisané mergakepéngin ngerti apa sing satemené lagikelakon."5Sawisé mengkono aku weruh anawong lanang loro lagi ngadeg ana ingsapinggiré kali, sing siji ing sisih kéné,sijiné ing sisih kana.

Page 1320: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 12.6–11 736Sing siji banjur nyuwun pirsa karomalaékat sing jumeneng ing sapinggirékali rada munggah, "Mbénjing menapaprekawis-prekawis ingkang ngéram-éramaken menika badhé kelampahansedaya?"7Malaékat mau supaos ing asmanéAllah kang asipat langgeng karongangkat astané kiwa lan tengen, "Kuwilawasé telu setengah taun, yakuwisamasa panguya-uya marang umatéAllah wis rampung. Yèn wis rampung,samubarang kabèh mau bakal kelakon."8Apa sing dingandikakaké mauaku krungu kabèh, nanging aku orangerti tegesé. Aku banjur matur,"Kadospundi sagedipun prekawis menikakelampahan?"9Wangsulané, "Wis mangkata Dhanièl,merga pangandika mau wewadi sing orakena kawiyak nganti tekan wekasanéjaman."10Akèh wong bakal disucèkaké. Wongala bakal ora ngerti lan nerusakéenggoné nindakaké piala. Mung wongsing wicaksana bakal padha ngerti.11 "Wiwit ora anané kurban pedinan,yakuwi wiwit madegé déwa-déwané

Page 1321: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

DANIEL 12.12–13 74

kanisthan sing gawé rusak kuwi 1.290dina.12Rahayu wong sing tetep setya ngantitekan 1.335 dina!13Lan kowé, Dhanièl, lestaria ngantitekan wekasan. Kowé bakal mati,nanging bakal tangi lan nampaniganjaran ing wekasané jaman."

Page 1322: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

Hosea

11 Iki pangandikané Pangéran singdidhawuhaké marang Hoséa bin

Beèri nalika jamané Uzia, Yotam, Ahaslan Hizkia padha jumeneng ratu ingYéhuda lan Yérobéam bin Yoas jumenengratu ing Israèl.2Nalika Pangéran ing wiwitan ngandikamarang bangsa Israèl lantaran NabiHoséa, dhawuhé mengkéné, "Kowérabia; lan bojomu bakal ora setya,anak-anakmu bakal plek kaya ibuné.Kaya mengkono uga enggoné umat-Kuwis ninggal Aku lan ora setya marangAku."3Nabi Hoséa banjur kawin karo wongwadon jenengé Gomèr, anaké Diblaim.Sawisé anak sing kawitan lair, lanang.4Pangéran ngandika marang NabiHoséa, "Bayi kuwi jenengna ‘Yésreèl’,sebab ora suwé menèh Aku bakalndhawahaké paukuman marang rajaIsraèl, merga Yéhu, leluhuré wis matèniwong akèh ing Yésreèl. Turuné Yéhubakal Daksirnakaké.

Page 1323: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 1.5–10 25Lan ing wektu kuwi iya bakal numpestentarané Israèl ana ing LembahYésreèl."6Gomèr banjur duwé anak singkapindho, wadon. Pangéran ngandikamarang Nabi Hoséa, "Bocah wadon kuwijenengna ‘Lo Ruhama’, merga turunéIsraèl bakal ora Dakwelasi, babar-pisanora bakal Dakwelasi menèh.7Nanging wong-wong Yéhudabakal Dakwelasi, malah bakal padhaDaktulungi, merga Aku iki PangéranAllahé. Enggon-Ku nulungi ora sranaperang, nganggo pedhang, panah utawasrana jaran lan prejurit jaranan."8Sawisé Gomèr nyapih bayiné wadonbanjur meteng menèh lan mbabar anaklanang.9Pangéran ngandika marang Hoséa,"Bocah kuwi jenengna ‘Dudu umat-Ku’,merga umat Israèl kuwi dudu umat-Ku,lan Aku dudu Allahé."10 "Bangsa Israèl cacahé bakal kayawedhi ing segara, nganti ora kenadiétung utawa ditaker." PangandikanéPangéran marang bangsa mau, "Kowékuwi dudu umat-Ku," nanging bakal

Page 1324: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 1.11–2.5 3

tekan mangsané kowé disebut:"Putraning Allah kang gesang."11Wong Yéhuda lan wong Israèlbakal padha didadèkaké siji menèh.Wong-wong mau bakal padha milihpanutan siji, lan bakal padha ngalamikemakmuran lan katentreman ana ingtanahé. Kaya mengkono dinané Yésreèlkuwi bakal dadi dina kabungahan!

21Para sedulurmu Israèl undangen:"Ami" (umat-Ku), lan "Rokhama"

(sing ditresnani).2 "Hé anak-anakku, biyungmu suwunnapangapura, senajan wis dudu sisihan-Kumenèh, lan Aku dudu bojoné. Konenmarèni enggoné laku jina lan nyundel.3Yèn ora, mesthi bakal Dakdhèdhèlisandhangané nganti wuda kaya dhèknalika lairé. Sarta Dakdadèkaké kayaara-ara samun sing garing lan cengkar,wekasané bakal mati kasatan.4Anak-anaké bakal ora Dakwelasi,merga kuwi anak-anaké sundel sing oraduwé isin.5Biyungé dhéwé mau kandha, ‘Akudakmarani para dhemenanku, sebabwong-wong kuwi sing mènèhi pangan

Page 1325: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 2.6–11 4

lan ombèn-ombèn marang aku, wuluwedhus, léna, lenga zaitun lan anggur.’6Mulané wong mau bakal Dakpasangisangkrah eri lan Dakpageri témbokmubeng, supaya aja bisa nurutikekarepané.7Biyungmu bakal ngoyak-oyak paradhemenané, nanging ora kecandhak.Bakal nggolèki, nanging ora ketemu.Wong mau banjur bakal muni, ‘Akudakmbalèni bojoku jaka-lara, mergakaananku nalika semana luwih kepénakketimbang karo saiki.’8Wong kuwi ora ngrumangsani yènAku sing maringi gandum, anggur, lanlenga, sarta sakèhé slaka lan emas, singdienggo gawé recané Baal.9Mulané mbésuk ing mangsa panènAku bakal mundhut bali gandum, anggur,wuluning wedhus lan kain léna-Ku singdienggo sandhangan.10Sandhangané bakal Dakdhèdhèli anaing ngarepé para bédhangané, lan bakalora ana wong siji-sijia sing bisa ngluwariwong mau saka tangan-Ku.11Dina-dina riayané pendhak taunlan pendhak sasi bakal Dakbatalaké,

Page 1326: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 2.12–16 5

mengkono uga riayané dina Sabbat,sarta dina-dina riaya agama liya-liyané.12Wité anggur lan wité anjir bakalDaksirnakaké, merga wong mau kandha-kandha yèn kuwi kabèh pawèwèhépara dhemenané. Keboné anggur lankeboné woh-wohan bakal Dakdadèkakéara-ara samun, merga dirusak déningkéwan-kéwan galak.13Wong mau bakal Dakukum miturutdina-dina enggoné nglalèkaké Aku,samasa ngobong menyan kanggo Baal,sarta samasa nganggo hiasan adi, banjurngetutaké para dhemenané. Mengkonopangandikané Pangéran."14Mulané wong mau bakal Dakgawabali menyang ara-ara samun menèh. Ingkana bakal Dakarih-arih supaya mbalèniAku menèh.15Kebon angguré bakal Dakbalèkakémenèh lan Akhor (Lembah Kasusahan)bakal Dakdadèkaké gapuraningpengarep-arep. Ana ing kono wong maubakal nggatèkaké menèh marang Aku,kaya dhèk isih enomé, nalika metu sakatanah Mesir.16 Ing dina kuwi Aku bakal disebut‘Sisihanku’, lan ora ‘Baalku’,

Page 1327: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 2.17–23 617Aku bakal ora marengaké nyebutjenengé Baal menèh.18Aku bakal gawé prejanjian karosakèhé kéwan alasan lan manuk-manuk,supaya aja padha gawé cilakané umat-Kumenèh. Sakèhé gegamaning perangbakal Daksingkiraké saka tanah kéné,sakèhé pedhang lan panah, supayaumat-Ku bisa urip kanthi ayem tentrem.19 "Hé Israèl, kowé arep Dakpundhutgarwa; Aku bakal jujur lan setya; Akubakal ngetingalaké sih-katresnan-Ku lanpiwelas-Ku, sarta kowé Dakrengkuh dadikagungan-Ku dhéwé selawas-lawasé.20 Janji-Ku bakal Daktetepi lan kowéDakdadèkaké kagungan-Ku, sarta kowébakal nganggep Aku Allahmu.21 Ing dina kuwi Aku bakal miyarsakaképandongané umat-Ku Israèl. Aku bakalnekakaké udan ing bumi lan bumi bakalmetokaké gandum, anggur lan lengazaitun.22 (2:21)23Umat-Ku bakal Daksentosakaké anaing bumi, sarta Dakparingi kemakmuransing lubèr. Aku bakal ngetingalakékatresnan-Ku marang wong-wong singdisebut: ‘Lo-Ami’ (dudu umat-Ku). Aku

Page 1328: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 3.1–5 7

bakal ngandika, ‘Kowé kuwi umat-Ku!’Lan kowé bakal munjuk, ‘Paduka menikaAllah kawula.’"

31Pangandikané Pangéran marangaku mengkéné, "Golèka wong

wadon menèh sing lagi nylèwèng karodhemenané. Ngétokna kepéncutmukaro wong mau. Wong kuwi tresnananakaya enggon-Ku nresnani wong Israèl,senajan padha nyingkur marang Aku lanngetut allah-allah liyané karo nggawasesajèn kismis marang reca-reca mau."2Wong wadon mau banjur dakbayarlimalas sèkel slaka lan sair 150 kilogram.3Banjur dakkandhani yèn dhèwèkékudu urip bebarengan karo aku ngantisuwé lan ora kena nyambi nyundelutawa nylèwèng, lan selawasé ora bakaldakwori turu.4Kaya mengkono carané wong Israèlkudu padha urip nganti suwé, tanpa raja,tanpa penuntun lan tanpa saos kurbanmarang tugu-tugu brahala, tanpa éfodlan tanpa térafim kanggo ngramal.5Sawisé mengkono wong Israèl bakalpadha mratobat lan nggolèki PangéranAllahé, lan marang turuné Dawud,ratuné. Yèn wis mengkono, umat Israèl

Page 1329: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 4.1–6 8

bakal padha ngabekti marang Allah lannampa peparing-peparing sing becik.

41Pangéran ndakwa marang Israèl.Rungokna hé Israèl pangandikané,

"Ing tanah kéné ora ana kasetyan lankatresnan, lan wong-wong ing kénépadha ora ngakoni yèn Aku iki Allahé.2Padha gawé prejanjian, nangingpadha diterak. Padha goroh, mematèni,nyolong lan nylèwèng. Padha nindheslan nganiaya, lan ora kendhat-kendhatgawé pepati.3Mulané tanah kéné bakal dadi garing,lan apa sing urip ing kéné bakal mati.Sakèhing kéwan lan manuk, apa dénéiwak bakal padha mati."4Pangandikané Pangéran mengkéné,"Aja ana wong sing nggugat utawanyalahaké rakyat, sebab sing Dakgugatkuwi para imam.5Rina wengi kowé padha gawékaluputan merga saka bodhomu,semono uga para nabi ora bédakaro kowé, Israèl, biyungmu bakalDaksirnakaké.6Umat-Ku bakal sirna merga ora tepungkaro Aku. Para imamé padha emohwanuh karo Aku, semono uga piwulang-

Page 1330: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 4.7–12 9

Ku padha ditampik. Mulané kowépadha Daktampik lan Aku ora ngakonianak-anakmu dadi imam-imam-Ku.7Saya akèh cacahé imam, sayatambah dosané marang Aku. Mulanékaluhuranmu bakal Dakwalik dadikanisthan.8Kowé padha dadi sugih merga sakadosané umat-Ku, mulané kowé padhakepéngin supaya umat-Ku padhanindakaké kaluputan.9Kowé bakal nampa paukuman kayasing disangga déning Umat-Ku. Kowébakal Dakukum kanggo males dosa-dosasing koklakoni.10Kowé bakal mangan bagéanmu sakakurban-kurban, nanging bakal tetepngelih. Kowé bakal padha nyembahbrahalané kesuburan, éwasemono bakalpadha ora duwé anak, merga kowépadha nyingkur Aku lan ngetutakéallah-allah liyané."11Pangandikané Pangéran mengkéné,"Anggur sing lawas lan sing anyarkaro-karoné njalari umat-Ku mendem!12Padha ngarep-arep wahyu sakakayu setengkel! Padha njagakaké olèhwangsulan saka teken! Wis padha

Page 1331: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 4.13–15 10

nyingkur Aku, kaya wong wadon singdadi sundel, mengkono wong-wongmau enggoné padha ngandel marangallah-allah liyané.13Padha gawé kurban ana ing pucakégunung-gunung. Ana ing punthuk-punthuk padha ngobong menyan, ingsangisoring wit-wit sing éyub, mergaana ing panggonan sing édhum kuwikepénak! Wekasané anak-anakmuwadon bakal padha dadi sundel, lan paramantumu wadon bakal padha laku jina.14Éwasemono ora bakal padhaDakukum merga saka penggawéné mau,jalaran kowé dhéwé iya padha laku jinakaro para sundel-sundel candhi, lanbebarengan karo wong-wong mau kowépadha gawé kurban kaya carané wongkapir. Kaya uniné unèn-unèn: ‘Wongsing ora duwé pangertèn bakal ngalamikarusakan.’15Senajan kowé, hé umat Israèl,ora setya marang Aku, muga-mugaumat Yéhuda ora padha karo kowé.Muga-muga aja padha nyembah brahalaana ing Gilgal utawa ana ing Bètèl, lanmuga-muga aja padha ngucapaké kaulnganggo asmané Allah kang gesang.

Page 1332: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 4.16–5.3 1116Umat Israèl kuwi atiné wangkal kayabihal. Kepriyé bisa-Ku ngengon kayawedhus gèmbèl?"17Umat Israèl wis kepéncut karobrahala-brahala. Mulané karebèn padhanggugu karepé dhéwé.18Yèn wis padha mendem anggurbanjur padha laku jina, sarta milihkanisthan ketimbang karo kaurmatan.19Wong-wong mau bakal padha kabursirna kagawa ing angin, bakal padhanandhang kawirangan merga sakaenggoné gawé kurban kaya carané wongkapir.

51Pangandikané Pangéran mengkéné,"Hé para imam, padha ngrungokna!

Hé wong Israèl, padha nggatèkna! Hépara krabaté ratu! Mesthiné kowé padhangadili kanthi adil, supaya kowé dhéwéolèh keadilan. Kowé wis dadi kala-jiretana ing Mizpa, lan dadi jaring singkapasang ana ing Gunung Tabor.2Kaya luwangan sing kadhudhuk anaing Lebak Sitim. Kowé bakal Dakukumkabèh.3Aku pirsa Israèl kuwi sapa. Israèl orabisa ndhelik saka ngarsa-Ku. Israèl wis

Page 1333: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 5.4–8 12

nylèwèng, lan wong-wongé wis ora bisangabekti marang Aku."4Piala sing dilakoni wong Israèl yakuwinyegah wong-wong nganti padha orabisa mratobat marang Pangéran Allahé.Sebab wong-wong mau wis padhadikwasani déning rohing penylèwèng,nganti padha ora ngakoni yèn Pangérankuwi Allahé.5Gemunggungé wong Israèl kuwidadi seksi sing nglawan marang awakédhéwé. Dosa-dosané kuwi sing marakaképadha kesandhung lan tiba, sarta wongYéhuda padha katut tiba.6Wong-wong mau padha saos kurbanrupa wedhus gèmbèl lan sapi marangPangéran, nanging ora ketemu karoPanjenengané, merga wis ditilar.7Wong-wong mau padha ora setyamarang Pangéran, lan anak-anakékuwi dudu anak absah. Mulané saikiwong-wong mau lan palemahané bakalkarusak.8Ngunèkna slomprèt ana ing Gibéa!Ngunèkna slomprèt ing Rama!Kumandhangna aba-abané perang ingBètèl. Mèlua mlebu ing peprangan, héwong Bènyamin.

Page 1334: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 5.9–14 139Dinaning paukuman wis teka. Israèlbakal katumpes. Hé wong Israèl,ngandela yèn kuwi kabèh bakal kelakon!10Pangandikané Pangéran mengkéné,"Aku duka merga para penuntunéYéhuda padha nlusup mlebu ing Israèllan padha nyolongi pametuné lemahé.Mulané Aku bakal ngesokaké paukuman-Ku marang wong-wong mau ngantilubèr.11 Israèl katindhes, nganti padhakélangan palemahan sing dadi duwèkékanthi sah, merga padha golèkpitulungan karo pihak sing ora bisa awèhpitulungan.12Aku bakal gawé rusaké Israèl lanYéhuda bakal Dakdadèkaké jugrugan.13Yèn Israèl wis ngrumangsani bangetélarané lan Yéhuda weruh tatu-tatuningawaké dhéwé, Israèl banjur bakal lungamenyang Asyur njaluk tulung raja Asyur,nanging kuwi ora bisa nambani utawamarasaké tatu-tatuné.14Wong Israèl lan wong Yéhudabakal Daktubruk kaya singa nubrukmangsané. Bakal Daksempal-sempal,nuli Daktinggal lunga. Yèn Daksèrèd-sèrèd ora ana wong sing bisa ngluwari.

Page 1335: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 5.15–6.5 1415Umat-Ku bakal Daktégakaké nganticukup enggoné nandhang sangsaramerga saka dosané, sarta nggolèkiAku menèh. Muga-muga sajroningsangsarané padha kangen marang Aku."

61Ana wong sing padha kandha,"Ayo padha bali mratobat marang

Pangéran! Panjenengané wis natonikita, nanging mesthi bakal marasakékita. Panjenengané wis nggebagi kita,nanging apa iya ora bakal nambani kita?2Sajroning loro utawa telung dinaPanjenengané bakal nangèkaké kitamenèh, lan kita bakal padha urip ana ingngarsané.3Ayo padha nggolèki Panjenengané.Panjenengané mesthi bakal miyosmethukaké kaya tekané byar raina, kayatekané udan ing mangsa semi sing nelesibumi."4Nanging Pangéran bakal ngandika, "HéIsraèl lan Yéhuda, kowé kuwi apa gunanékanggoné Aku? Katresnanmu marangAku mung kaya pedhut ing wayah ésuksing bakal ilang; kaya ebun sing nguwaping wayah ésuk umun-umun.5 Iya merga kaya ngono mauAku ngutus para nabi-Ku marang

Page 1336: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 6.6–11 15

kowé ngundhangaké paukuman lankarusakan. Pamundhut-Ku tumrapingkowé wis cetha:6Aku mundhut katresnanmu singtetep, dudu kurban kéwan. Aku luwihseneng yèn umat-Ku wanuh karoAku, ketimbang karo kasaosan kurbanobongan.7Nanging wong-wong mau wis padhakaya Adam, sing nerak prejanjiané karoAku.8Giléad kuwi kutha kebak wong singnindakaké piala lan dhemen matèni.9 Imam-imamé kaya grombolan bégalsing ngadhang mangsané. Malah anaing dalan sing anjog marang Sikèmpanggonan sing suci, padha tegelmatèni wong. Mangka penggawéné singmengkono kuwi dijarag!10Aku pirsa yèn Israèl ana lelakon-lelakon sing nggegirisi; umat-Ku wisnajisaké awaké dhéwé srana enggonépadha nyembah brahala.11Kanggoné kowé, wong Yéhuda, Akuwis netepaké wektu enggon-Ku arepnekakaké paukuman marang kowé.Kowé bakal Dakwales timbang karopenggawému."

Page 1337: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 7.1–6 16

71Pangandikané Pangéran mengkéné,"Saben-saben Aku arep marasaké

umat-Ku Israèl lan gawé makmuré, Akumung pirsa penggawé nistha lan pialasing dilakoni. Wong padha apus-apusan;padha mbabah omah lan nyolong; padhambégal ana ing dalan-dalan.2Ora padha mikir yèn piala-pialanékuwi bakal tansah Dakèngeti. Nangingwong-wong mau bakal dikepung déningpratingkahé sing ala, mangka kabèhkuwi ora luput saka pamirsa-Ku."3Pangandikané Pangéran mengkéné,"Wong padha ngapusi ratuné lanpara penggedhé srana nganakakésekongkelan.4Wong kabèh padha licik lan oratemen. Padha ngendhem sengit, singmengangah kaya geni ing pawon, singora disugokaké ngentèni tukangé rotirampung enggoné ngadoni jladrèné.5 Ing dina wisudhané Sang Prabu,panjenengané lan para penggedhédigawé supaya mendem anggur.6Wong-wong wis padha saiyeg mergaing batiné ngendhem sengit singmengangah kaya geni ing pawon

Page 1338: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 7.7–12 17

sewengi muput, banjur ésuké murubmulad-mulad.7Merga saka panasing atiné wong-wongmau banjur padha matèni ratu lan parapenggedhéné. Para ratuné siji-sijidipatèni, lan ora ana siji-sijia singndedonga nyuwun pitulungan marangAku."8Pangandikané Pangéran mengkéné,"Wong Israèl kuwi kaya roti singsetengah mateng.9Padha suméndhé marang bangsa-bangsa ing sakiwa-tengené lan ora ngertiyèn suméndhé marang bangsa mancamau njalari ilangé kekuwatané dhéwé.Wis kari ngentèni ambruké, éwasemonopadha ora rumangsa.10Gemunggungé wong kuwi wis cetha,sebab senajan wis akèh lelakon singdialami, éwasemono padha ora mratobatmarang Aku, Pangéran Allahé.11 Israèl mabur rana-réné kaya manukdara sing bodho; biyèn njaluk tulungkaro wong Mesir, sawisé mengkonobanjur mlayu menyang Asyur!12Nanging Aku bakal masang jaringkanggo nyekel wong-wong mau samasa

Page 1339: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 7.13–16 18

lagi mabur, lan Israèl bakal Dakukummerga saka piala-pialané.13Cilaka wong-wong kuwi! Sarèhnéwis padha ninggal Aku lan nglawanmarang Aku, mulané bakal Daktumpes.Aku kepéngin nylametaké, nangingenggoné ngabekti marang Aku kuwimung éthok-éthok.14Enggoné ndedonga marang Aku orakanthi éklasing atiné. Padha sumungkeming lemah lan padha nangis gero-gerokaya carané wong kapir. Yèn ndedonganyuwun gandum lan anggur padhanatoni awaké dhéwé kaya wong kapir.Semono enggoné nglawan marang Aku!15Senajan wis Dakrumati lanDakdadèkaké rosa, éwasemono padhangrancang nindakaké piala marang Aku.16Saya suwé saya adoh enggonéninggal Aku lan ngetut marang brahalasing ora duwé kekuwatan apa-apa.Wong-wong mau ora kena diendelakékaya gendhéwa sing ala. Sarèhné parapemimpiné padha gemunggung, mulanébakal padha tiwas déning pedhang,mula bakal padha dipoyoki déning wongMesir."

Page 1340: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 8.1–6 19

81Pangandikané Pangéran mengkéné,"Ngunèkna tandha bebaya!

Mungsuh-mungsuh padha ngebyuking tanah-Ku kaya manuk garudha!Umat-Ku wis padha nerak prejanjianékaro Aku, sarta padha mbangkang karopiwulang-Ku.2Éwasemono isih nyebut Aku Allahé lanngarani yèn wong-wong kuwi umat-Kulan ngaku yèn tepung karo Aku,3 senajan wis padha nampik barangsing becik. Iya merga saka dosanékuwi umat-Ku bakal dikuya-kuya déningmungsuh-mungsuhé.4Umat-Ku padha ngedegaké raja,nanging metu saka karepé dhéwé.Padha ngangkat penggedhé-penggedhé,nanging Aku ora rujuk. Padha njupukslaka lan emas, padha digawé brahalasing nekakaké karusakan kanggonéumat-Ku.5Aku sengit karo wong sing padhanyembah sapi emas ing kutha Samaria.Paukuman-Ku mulad-mulad marangwong-wong kuwi. Nganti pira lawaséenggoné mari nyembah brahala?6Sing gawé reca ukir-ukiran kuwitukang emas, mangka kuwi wong Israèl.

Page 1341: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 8.7–11 20

Reca kuwi rak babar-pisan dudu allah!Sapi emas sing padha disembah-sembahing kutha Samaria kuwi bakal dibantingnganti ajur-mumur!7Sapa sing nyebar angin, bakalngundhuh prahara! Gandum sategal yènora tuwa, ora metokaké glepung singkena kanggo gawé roti. Nanging yèntuwa, bakal dipangan déning bangsaliya.8 Israèl wis padha waé karo bangsaliya-liyané, mula wis ora ana gunané,kaya kwali sing pecah.9Wangkoté atiné wong Israèl kuwi kayakuldi alasan; wong-wong mau padhanggugu karepé dhéwé. Padha lungagolèk pitulungan marang Asyur, sartapadha mbayar bangsa liya kanggo njagakeslametané.10Nanging saiki wong-wong maubakal Dakklumpukaké lan Dakukum.Sedhéla menèh bakal padha glimpanganngrasakaké panindhesé raja Asyur.11Saya akèh mesbèh sing dibangunwong Israèl kanggo nyingkiri dosa, sayaakèh panggonan sing kena dienggo gawédosa!

Page 1342: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 8.12–9.1 2112Tanpa wilangan cacahé piwulang singDaktulis kanggo wong Israèl, nangingditampik merga dianggep ora kanggo.13Wong-wong mau padha saos kurbanmarang Aku, lan padha mangan dagingékurban, nanging Aku, Pangéran ora rena.Lan saiki Aku bakal ngèngeti sakèhédosané lan bakal Dakukum timbang karopaneraké, sarta Dakbalèkaké menyangMesir menèh!14Wong Israèl wis padha mbangunkedhaton-kedhaton, nanging padhanglalèkaké marang Allah sing nitahakéwong-wong mau. Wong Yéhuda padhambangun kutha-kutha sing dibètèngi,nanging Aku bakal nekakaké genising ngobong kedhaton-kedhaton lankutha-kuthané mau."

91Hé Israèl, padha lèrèna enggonmumahargya dina-dina riaya kaya

carané wong Mesir. Kowé wis nyingkurAllahmu lan wis kokkianati. Ana ingngendi-endi kowé wis ngedol awakmudhéwé dadi sundel marang Baal, lankowé seneng olèh gandum sing kokkiraopahé enggonmu nyembah marang Baal!

Page 1343: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 9.2–6 222Nanging sedhéla menèh gandummubakal entèk, semono uga lengamu zaitunlan anggurmu.3Wong Israèl bakal ora lestari manggoning tanahé Pangéran, merga kowé kudubali menyang tanah Mesir. Ing Asyurkowé bakal mangan pangan sing karam.4 Ing tanah-tanah manca kowé bakalora bisa saos kurban dhaharan konjukmarang Allah, utawa saos kurbanobongan marang Panjenengané.Panganan sing dipangan bakal gawénajisé saben wong sing mangan, kayaana ing pelayatan, mung kanggongisi weteng luwé. Ora ana singbakal kacaosaké dadi kurban marangPedalemané Allah.5Yèn wis tekan dina riaya, apa sing areppadha ditindakaké kanggo ngluhurakéPangéran?6Samasa ana kasangsaran, mangkawong Israèl padha sumebar, wong-wongmau bakal diklumpukaké déning wongMesir, banjur dikubur ana ing Mèmfis.Bandhané rupa emas lan slaka sartapanggonan tilas omahé bakal padhakethukulan eri lan rerungkudan.

Page 1344: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 9.7–10 237Paukumané wis tekan wektuné, sabenwong nampa sing dadi bagéané. Yèn wiskelakon, Israèl bakal ngerti! Kowé bakalmuni, "Nabi kuwi gemblung. Wong singkerasukan roh kuwi owah!" Kowé padhasengit banget karo aku, merga dosamugedhé banget.8Enggonku diutus dadi nabi iki supayangélingaké Israèl, umaté. Nangingmenyanga ngendi waé paranku, akuarep kokjiret kaya manuk. Ana ingtanahé Allah piyambak wong-wongépadha mungsuhi para nabi.9Penggawéné mung ala thok, padhakaya nalika ana ing Gibéa, Gusti Allahbakal ngèngeti lan ngukum dosa-dosané.10Pangandikané Pangéran mengkéné,"Nalika Aku ketemu karo Israèl singwiwitan, rasané kaya nemu wit anggursing thukul ing ara-ara samun. NalikaAku pirsa para leluhurmu sing kawitan,kaya pirsa woh anjir sing matenggasik dhéwé ing mangsa wowohan.Nanging bareng padha tekan GunungPéor wong-wong padha miwiti nyembahmarang Baal, nganti padha dadi nisthalan njijiki, padha karo brahala sing padhadiraketi.

Page 1345: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 9.11–16 2411Kaluhurané Israèl mabur kayamanuk, lan bakal ora duwé anak menèh,wong wadon ing kono bakal padha orameteng lan nglairaké.12Senajan duwé anak, anaké bakalDakpundhut, nganti ora ana singkari urip. Samasa wong-wong mauDaktégakaké, bakal padha ngalamiprekara-prekara sing nggegirisi."13Dhuh Allah, kawula sumerep anak-anakipun sami dipun oyak-oyak landipun pejahi.14Menapa ingkang badhé kawulasuwun kanggé tiyang-tiyang menika?Para tiyangipun èstri kadamela gabug!Kadamela supados mboten sami sagedngrimati bayi-bayinipun.15Pangandikané Pangéran mengkéné,"Pratingkahé Israèl sing ala maukawiwitan ing Gilgal. Wiwit dhèk semanaAku sengit karo wong-wong mau. Mergasaka penggawéné sing ala, wong-wongbakal Daktundhung saka tanah-Ku, sartawis ora bakal Dakraketi menèh. Parapemimpiné wis padha mbrontak marangAku.16 Israèl kuwi presasat wit sing oyodépadha garing, sarta ora metokaké woh.

Page 1346: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 9.17–10.4 25

Bakal padha ora duwé anak, lan senajanpadha duwé anak, bocah-bocah singditresnani mau bakal Dakpatèni."17Allah sing dakbektèni kuwi bakalnampik umat kagungané, mergapadha ora ngrungokaké marangPanjenengané. Wong-wong maubakal padha nglambrang ing antaranébangsa-bangsa.

101Umat Israèl kuwi kaya witanggur sing metokaké woh akèh;

saya akèh pametuné, saya akèh enggonégawé mesbèh. Saya subur lemahé, sayaéndah enggoné gawé tugu-tugu watukanggo brahala sing disembah.2Umat sing atiné lamis kuwi saiki kudupadha nanggung dosa-dosané. GustiAllah bakal nggempur mesbèh-mesbèhélan ngebrukaké tugu-tuguné brahala.3Wong-wong mau bakal padha kandha,"Kita padha ora duwé ratu, mergakita padha ora ngabekti marang Allah.Nanging ratu mono apa gunané kanggoawaké dhéwé?"4Wong-wong mau padha umuk,padha ngucapaké sumpah palsu langawé prejanjian sing tanpa guna.Keadilan dislèwèngaké dadi penggawé

Page 1347: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 10.5–9 26

sewenang-wenang, sing ngrembuyungkaya rerungkudan sing ngandhut wisa.5Sing padha manggon ing kuthaSamaria bakal padha nggresah mergakélangan brahalané pedhèt emas singana ing Bètèl. Wong-wong mau lan paraimamé sing ngladèni brahala mau bakalpadha nangis. Bakal padha sesambat,merga brahala mau emasé wis diklèthèk,6 lan bakal diboyong menyang tanahAsyur, kasaosaké minangka pisungsungmarang Sang Prabu. Israèl bakalkwirangan merga nggugu naséhat singora bener.7Ratuné bakal kaboyong, kéntir kayaepang ana ing banyu.8Mesbèh-mesbèhé sing kanggo gawékurban ana ing punthuk-punthuk Awènbakal disirnakaké, sarta ketutupandéning eri lan rerungkudan. Wong-wongsing padha nyembah brahala maubakal padha kandha karo gunung-gunung, "Aku padha dhelikna," lanmarang punthuk-punthuk, "Aku padhaaling-alingana!"9Pangéran ngandika mengkéné, "Wiwitana ing Gibéa kowé wis gawé dosamarang Aku lan kuwi ora kokmarèni

Page 1348: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 10.10–13 27

nganti sepréné. Ana ing Gibéa konowong sing duraka mau wis kagebag ingperang.10Aku sing nglawan lan ngukum bangsasing duraka iki. Para bangsa bakal padhanglumpuk merangi, sebab bangsa ikibakal kaukum merga saka dosa-dosané.11 Israèl kuwi biyèn kaya pedhèt singwis dilatih kanggo nggiling gandum.Nanging banjur Dakpasangi rakitan inggithoké supaya bisa nandangi pegawéansing luwih akèh. Yéhuda Dakenggomluku lan Israèl Dakenggo nggaru.12 ‘Mlukua lan mbukaka lemah garapananyar kanggo kapreluanmu dhéwé.Nandura kamursidan lan ngundhuhaberkah saka enggonmu ngabekti marangAku. Wis tekan wektuné kowé mbalèniAku, Pangéran Allahmu, sarta Akubakal ngesokaké berkah-Ku nganti lubèrmarang kowé.’13Nanging kowé malah padha nandurpiala lan ngundhuh asilé. Saiki kowépadha mangan asil panèné enggonmugoroh." Pangéran ngandika menèh,"Merga kowé padha ngendelaké krétaperangmu lan serdhadhumu sing akèhcacahé,

Page 1349: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 10.14–11.4 2814mulané kowé bakal ketekan ingperang, lan sakèhé bètèngmu bakaldisirnakaké. Kelakoné kuwi bakal kayadhèk jamané Raja Salman nggempurkutha Bèt-Arbèl sajroning perang, ngantibiyung saanak-anaké padha mati kabèh.15Mengkono sing bakal kelakontumraping kowé, hé wong Bètèl,merga saka bangeté pialamu. Samasapeprangané diwiwiti ratuné Israèl bakalmati."

111Pangandikané Pangéranmengkéné, "Nalika isih cilik,

Israèl Daktresnani lan Daktimbali metusaka tanah Mesir kaya putra-Ku kakung.2Nanging saya kerep enggon-Kunimbali, saya banget enggoné ngedohiAku. Umat-Ku padha gawé kurbanmarang Baal, lan ngobong dupa kanggopara brahala.3Mangka Aku sing nétah Israèl ngantibisa mlaku, Aku sing mbopong, éwadénépadha ora gelem ngrumangsani, yèn Akusing ngrumati wong-wong mau.4Dakrangkul kanthi katresnan,Dakjunjung lan Dakambungi. Karondhingkluk enggon-Ku ndulang.

Page 1350: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 11.5–9 295Padha ora gelem mratobat lanmbalèni Aku, mulané bakal Dakbalèkakémenyang tanah Mesir, lan wong Asyursing bakal dadi ratuné.6Kutha-kuthané bakal katempuh ingperang lan gapurané bakal dibubrahi.Umat-Ku bakal Dakremuk merga sakaenggoné nggugu karepé dhéwé.7Padha mantep enggoné nyingkurmarang Aku. Mulané bakal sesambatmerga saka aboting momotané, nangingora ana sing bakal ngangkat momotanmau."8Pangandikané Pangéran mengkéné,"Hé Israèl, apa Aku tegel ngetogakékowé? Apa Aku téga ninggal kowé?Apa Aku mentala ngremuk kowé kayaenggon-Ku ngremuk Admah, utawangrusak kowé kaya enggon-Ku ngrusakZéboim? Ati-Ku ora tekan nindakakésing mengkono! Merga banget tresna-Kumarang kowé.9Kowé bakal ora Dakajar nganggopaukuman-Ku; Israèl bakal oraDakremuk menèh. Aku iki Allah, dudumanungsa. Aku, Allah Kang Mahasuci,nunggil karo kowé. Aku bakal orangrawuhi kowé karo duka."

Page 1351: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 11.10–12.2 3010Pangandikané Pangéran mengkéné,"Umat-Ku bakal manut menèh karo Aku,samasa Aku nglawan para mungsuhékaro nggero kaya singa. Umat-Ku banjurbakal padha marek marang Aku sakaKulon.11Bakal padha teka saka Mesir, kayaaburé manuk dara. Banjur bakal padhaDakulihaké menyang omahé menèh.Mengkono pangandikané Pangéran."12 (12-1) Pangandikané Pangéranmengkéné, "Wong Israèl padha ngepungAku nganggo goroh lan piala. WongYéhuda isih padha nerusaké enggonénglawan Aku, Allah kang mahasetya lanmahasuci.

121 (12-2) Samubarang singditindakaké wong Israèl saka

ésuk tekan soré kuwi ora migunani,malah ngrusak. Goroh lan panganiayasaya mundhak akèh. Padha gawéprejanjian karo tanah Asyur landedagangan karo wong Mesir."2 (12-3) Pangéran wis nggugat marangYéhuda, lan Israèl bakal diukummerga saka pretingkahé wong-wongé.Panjenengané bakal males murwat karopenggawéné.

Page 1352: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 12.3–9 313 (12-4) Yakub, leluhuré gelut karoÉsau, seduluré kembar. Bareng wisgedhé Yakub gelut karo Pangéran —4 (12-5) yakuwi gelut karo malaékatsarta menang. Dhèwèké nangis-nangisnyuwun berkah. Pangéran ngrawuhi ingBètèl lan ngandika marang Yakub.5 (12-6) Kuwi Pangéran Allah KangMahakwasa — Pangéran, kuwi asmanésing wajib dibektèni.6 (12-7) Mulané saiki, hé turuné Yakub,padha ngandela marang Allahmu, sartamratobata marang Panjenengané.Sing setya lan temen, sarta padhanganti-antia kanthi sabar marang apasing bakal katindakaké déning Allahmu.7 (12-8) Pangandikané Pangéran,"Wong Israèl kuwi goroh, ora béda karowong Kenaan. Padha seneng ngapusilengganané nganggo timbangan palsu.8 (12-9) Kandhané, ‘Aku sugih. Bathikuakèh. Ora ana sing ngarani yèn kita ikisugihé merga saka ngapusi.’9 (12-10) Nanging Aku, PangéranAllahmu, sing ngirid kowé metu sakatanah Mesir, Aku bakal ngulihaké kowébali manggon ana ing kémah-kémah

Page 1353: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 12.10–13.1 32

menèh, kaya sing wis kokalami, nalikaAku murugi kowé ana ing ara-ara samun.10 (12-11) Aku wis ngandika bola-balilantaran para nabi, padha Dakparingiwahyu bola-bali, sarta lantaran para nabimau Aku ngélingaké marang umat-Ku.11 (12-12) Éwasemono ing Giléad wongpadha nyembah brahala, lan wong maukabèh padha nemahi pati. Ing Gilgalwong padha gawé kurban sembelèhansapi lanang, lan sing digawé mesbèhsaka watu ditumpuk-tumpuk ana ingara-ara."12 (12-13) Leluhur kita Yakub kepeksangungsi menyang tanah Mésopotamia.Ing kana panjenengané kepeksangèngèr, nglakoni dadi pangon wedhus.13 (12-14) Gusti Allah ngutus nabingluwari umat Israèl saka tanah Mesirlan ngopèni umat mau.14 (12-15) Umat Israèl mau memungudukané Pangéran, lan wis samesthinédiukum pati merga saka pialané.Pangéran bakal ngukum umat maumerga wis gawé wirangé asmané.

131Dhèk biyèn, samasa klompokÉfraim kandha, klompok-klompok

liyané padha wedi, sebab padha éring

Page 1354: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 13.2–6 33

marang Éfraim. Nanging wong-wongmau padha gawé dosa merga padhanyembah marang Baal, lan merga sakadosané mau bakal padha nemahi pati.2Enggoné padha gawé dosa diterus-terusaké srana gawé reca ukir-ukiransaka slaka gawéané tangané manungsa.Banjur padha kandha, "Saosa kurbanmarang reca-reca kuwi!" Kokbisa-bisanéngambung reca-reca mau, sing diwangunkaya sapi lanang.3Mulané wong-wong mau bakalkasirnakaké kaya pedhut ing wayahésuk, kaya ebun sing ilang sadurungéraina. Kaya mrambut sing kabur ingangin ana ing pengirigan gandum, kayakukus sing metu saka crobong.4Pangandikané Pangéran mengkéné,"Aku iki Pangéran Allahmu, sing ngiridkowé metu saka tanah Mesir. Kowé oraduwé allah liyané kejaba Aku piyambakJuru Slametmu.5Nalika kowé ana ing ara-ara samunsing garing, Aku sing ngopèni kowé.6Nanging bareng kowé wis mlebu ingtanah sing becik iki, kowé banjur padhadadi wareg lan marem, nganti padhadadi gemunggung lan lali karo Aku.

Page 1355: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 13.7–13 347Mulané kowé bakal padha Dakserangkaya carané singa, lan Dakadhepikaya carané macan tutul ndhelik ingsapinggiring dalanmu.8Kowé bakal Dakserang kaya caranébruwang sing kélangan anaké,sarta Daksuwèk-suwèk. Kowé bakalDakmangsa ngenggon. Daksempal-sempal kaya carané kéwan galak.9Hé wong Israèl, kowé bakalDaktumpes! Sapa sing bisa mitulungikowé?10Kowé padha njaluk ratu lanpenggedhé-penggedhé, nanging kepriyébisané wong-wong kuwi ngluwaribangsané?11Sajroning paukuman-Ku kowéDakparingi ratu lan sajroning dukapadha Dakpundhut menèh."12Pangandikané Pangéran mengkéné,"Dosané Israèl lan kaluputané kacathetkabèh, lan cathetan mau kasimpenprimpen.13 Israèl kaparingan wektu kanggo urip,nanging merga saka bodhoné wektumau ora dipigunakaké, kaya bayi singtekan mangsané lair, ora gelem metusaka wetengané biyungé.

Page 1356: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 13.14–14.2 3514Umat iki bakal ora Dakoncataké sakadonyané wong mati, lan ora Dakluwarisaka pangwasané pati! Umat iki orabakal Dakwelasi menèh.15Senajan Israèl ngrembuyung kayalateng, Aku bakal nekakaké angin panassaka Wétan, saka segara wedhi singbakal njalari etuk-etuk lan sumur-sumurpadha garing. Samubarang sing pengajibakal Dakpundhut.16 (14-1) Samaria mesthi bakal kaukummerga wis cukup panglawané marangAku. Wong-wongé bakal padha mati anaing peprangan. Bayi-bayiné bakal padhakabanting ajur ana ing lemah lan wongmeteng wetengé bakal dibedhèl."

141 (14-2) Hé umat Israèl,mratobata marang Pangéran

Allahmu. Dosamu njalari kowékesandhung lan tiba.2 (14-3) Mratobata marang Pangéran,lan ndedongaa mengkéné minangkapanyuwunmu marang Panjenengané,"Mugi kersa ngapunten sakathahingdosa kawula lan miyarsakaken pandongakawula, lan kawula sami badhéngluhuraken asma Paduka miturut janjikawula.

Page 1357: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 14.3–7 363 (14-4) Asyur mboten badhé sagedmitulungi kawula, lan prejurit kapalaninggih mboten badhé saged ngayomikawula. Kawula mboten badhé criyosdhateng reca ukir-ukiran, bilih menikaAllah kawula. Dhuh Pangéran, Padukamenika nandukaken piwelas dhatengtiyang ingkang mboten gadhahpengajeng-ajeng sanèsipun kejawiPaduka piyambak."4 (14-5) Pangandikané Pangéranmengkéné, "Umat-Ku bakal Dakpulihakésaka enggoné murtad, lan bakalDakkasihi kalawan gumolonging ati; Akubakal ora duka menèh karo wong-wongmau.5 (14-6) Aku bakal dadi kaya udan ingtanah garing kanggoné Israèl. Bakalpadha tuwuh subur kaya kembang.Bakal padha ngoyod jero kaya kekayoning Gunung Libanon.6 (14-7) Bakal padha lestari urip lanngambra-ambra, sarta dadi éndah kayawit zaitun, metokaké ganda arum kayawit sédar ing Libanon.7 (14-8) Bakal padha bali manggon anaing pengayoman-Ku. Bakal padha tuwuhndadi kaya tanduran ana ing tamanan

Page 1358: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HOSEA 14.8–9 37

lan metokaké woh akèh kaya wit anggur.Bakal padha misuwur kaya anggur ingLibanon.8 (14-9) Umat Israèl bakal nyingkurmarang brahala selawas-lawasé. MulaAku bakal miyarsakaké pandonganésarta bakal padha Dakrumati. Bakalpadha Dakayomi kaya carané wit barus;Aku bakal dadi etuking berkahé kabèh."9 (14-10) Wong sing wicaksana muga-muga ngerti apa sing katulis ing kitabiki, sarta padha digatèkaké. MerginingPangéran kuwi bener, lan wong mursidpadha ngambah ing kono, nanging wongdosa bakal padha kesandhung sarta tiba,merga padha nyepèlèkaké dalan mau.

Page 1359: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

Yoel

11Pangandikané Pangéran Allah singkadhawuhaké marang Nabi Yoèl bin

Petuèl.2Hé para wong tuwa, padha nggatèkna;wong-wong ing Yéhuda, padha nitènana.Apa tau ana lelakon sing kaya mengkéné,sajegmu urip utawa ing jamané paraleluhurmu?3Anak-anakmu padha kandhanana;supaya padha nyritani anak-anaké, lananak-anaké mau supaya nyritakakémarang anak-putuné.4Walang mbrobol ambruk ngebyuki lanmangan tanduran; grombolan sing sijilunga, sijiné teka ngentèkaké sisané.5Hé para wong mendem, padha tangialan padha nangisa! Wohing anggur arepkanggo gawé minuman anyar wis rusakkabèh.6Grombolan walang wis nyerangtanah kita, cacahé tanpa wilangan lanpangwasané gedhé; untuné landhepékaya untu singa.

Page 1360: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YOEL 1.7–13 27Kuwi wis padha ngrusak sranangemah-ngemah wit anggur kita.Kulité wit-wit mau wis dikrokoti, ngantipang-pangé padha katon putih.8Padha nangisa hé wong kabèh, kayaprawan sing nangisi pacangané, singmati sadurungé kawin.9Gandum lan anggur sing arepkasaosaké ing Pedalemané Allah wisentèk. Para imam padha sesambatmerga wis ora ana apa-apa, sing kenadisaosaké marang Pangéran.10Sawah-sawah padha bera; buminémèlu ngenes, merga gandumé padharusak, wité anggur padha dadi garing,sarta wit-wit zaitun padha alum.11Hé para wong tani, padha sambat-sambata, sing padha jaga kebon anggurpadha nangisa, merga gandum lan saira

sarta pametuné bumi kabèh wis lebur.12Wit-wit anggur lan zaitun wis padhaalum, lan sakèhé wowohan wis matigaring; kabungahané wong wis sirnakabèh.13Padha nganggoa bagor lan nangisa,hé sakèhé imam sing leladi ing mesbèh!Padha mlebua ing Pedalemané Allah

asair: bangsanipun gandum.

Page 1361: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YOEL 1.14–19 3

lan sesambata. Wis ora ana gandumutawa anggur kanggo nyaosaké kurbandhaharan marang Allahmu.14Padha umumna supaya wong padhapasa; wong-wong padha klumpukna!Para pemimpin lan sakèhé wong Yéhudakonen ngumpul ana ing PasucènéPangéran Allahmu, nuli padha nangisamarang Panjenengané.15Dinané Pangéran wis cedhak; yakuwidinané Allah nekakaké karusakan. Ibagedhéné bilai sing bakal katekakaké ingdina mau!16Kita padha ora duwé daya apa-apa,jalaran pametuné bumi wis rusak kabèh.Ing Pedalemané Pangéran Allah kita wisora ana kabungahan babar-pisan.17Winih-winih padha mati garing anaing njero lemah. Lumbung-lumbung wispadha resik gusis, lan gudhang-gudhangwis kothong lan wis padha ambruk.18Kéwan-kéwan padha sangsara patingbrengok, merga wis ora ana pangonan;mengkono uga pepanthaning wedhuspadha nandhang sangsara kurangpangan.19Kawula sami njerit dhateng Paduka,dhuh Pangéran, margi pangènan lan

Page 1362: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YOEL 1.20–2.4 4

wit-witan sami garing, kados samikebrongot ing latu.20Ugi para kéwan galak sami sesambatdhateng Paduka, margi etuk-etuk samiasat sedaya.

21Slomprèté unèkna, kanggo tandhaing Sion, ing gunungé Pangéran sing

suci. Padha gemetera, hé wong singpadha manggon ing Yéhuda! DinanéPangéran bakal énggal teka.2Dina mau bakal peteng lan surem,mendhungé peteng nggegirisi. Walangbyuk-byukan gedhé bakal teka kayapepeteng nutupi gunung-gunung.Kedadéan sing mengkono mau durungtau kelakon, lan uga ora bakal kelakonmenèh.3Walang-walang mau padha manganitanduran kaya geni sing memangsa.Mangka tanah sing gumelar ing ngarepééndah kaya petamanan Èden, nanginging mburiné mau tanahé dadi ara-arasamun gundhul, merga ora ana tanduransing bisa oncat saka walang-walangmau.4Walang-walang kuwi rupané kayajaran; playuné kaya jaran sing kanggoperang.

Page 1363: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YOEL 2.5–11 55Enggoné padha mlaku ana inggunung-gunung swarané kaya krétaningperang. Kumrètèké kaya suket garingkamangsa ing geni. Padha baris kayatentara akèh, sing arep nyerang ingpeprangan.6Samasa nyedhak saben wong padhagiris, rainé dadi pucet.7Enggoné nyerang kaya carané prejuriting peprangan; padha mènèk témbokkaya carané serdhadhu. Yèn maju lakunélenceng, ora ménggok ngiwa utawanengen,8ana ing ngendi-endia iya mengkono.Padha nabrak lan mbrobos pager, lan oraana sing bisa ngendhegaké lakuné.9Padha gegancangan mlebu ing kutha;ngunggahi témbok-témbok; banjurpadha mrambat lan mlebu omah metujendhéla-jendhéla kaya maling.10Yèn padha maju buminé horeg,langité gemeter. Srengéngé lanrembulan padha dadi peteng, lanlintang-lintang padha ora katon soroté.11Pangéran paring aba marangtentarané, kanthi sora lan gemleger.Tentara sing tanpa wilangan cacahé,gedhé lan rosa-rosa padha ngèstokaké

Page 1364: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YOEL 2.12–16 6

dhawuhé. Iba enggoné ngédab-édabiDinané Pangéran kuwi! Sapa sing bisalestari urip?12Pangandikané Pangéran, "Saiki padhamratobata sing temenan lan mbalènanaAku, karo pasa, nangis lan nlangsa.13Atimu sing remuk mau nélaknaenggonmu sedhih; nyuwèk-nyuwèkpenganggo waé durung cukup."Balia ngabekti marang PangéranAllahmu. Panjenengané becik lan kebakkawelasan; sabar lan netepi janjiné;tansah dhangan paring pangapura lanora tansah paring paukuman.14Sapa sing ngerti, mbokmenawaPangéran Allahmu salin penggalihé,lan kersa mberkahi panènanmu kanthilubèr-lubèr. Yèn mengkono kowé bakalpadha bisa saos kurban dhaharan lankurban unjukan.15Slomprèté unèkna ana ing GunungSion; nglakonana pasa lan wong-wongpadha klumpukna.16Wong-wong konen padha nglumpuk;padha cecawisa kanggo parepatangedhé. Wong tuwa-tuwa padha tekakna;mengkono uga bocah-bocah lan parabayi sing isih nusu. Pengantèn anyar

Page 1365: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YOEL 2.17–20 7

pisan karebèn padha metu saka kamarélan mèlu ing parepatan.17Para imam kang ngladèni Pangéraning antarané mesbèh lan pendhapanéPedalemané Allah kudu padha ndedongakaro nangis, "Dhuh Allah, mugi kersamelasi dhateng umat Paduka; sampunngantos kawula dipun rèmèhaken,"lan dipun écé déning bangsa-bangsasanèsipun kalayan mungel, "Allahé anaing ngendi?"18Gusti Allah menggalih lemahkagungané; merga tuwuh welasémarang umaté.19Panjenengané paring wangsulan,"Kowé saiki bakal Dakparingi gandum,anggur lan lenga zaitun, nganti kowébakal padha wareg. Kowé bakal oradirèmèhaké déning para bangsa menèh.20Walang sing teka saka Lor bakalDaksingkiraké, lan sapérangan bakalDakbuwang menyang ara-ara samun.Barisané sing ngarep dhéwé bakalDakgiring menyang Segara Mati,sarta barisané sing mburi bakalDakcemplungaké ana ing SegaraTengah. Bathangé bakal mambu bacin.

Page 1366: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YOEL 2.21–26 8

Walang-walang mau bakal Daktumpesmerga saka penggawéné marang kowé.21Hé tanah tegalan, aja padha wedi,padha surak-suraka lan bungah-bungahamerga saka pendamelé Pangéranmarang kowé.22Hé sakèhé sato kéwan, aja padhawedi. Pangonané padha ijo royo-royo;wit-witan padha metokaké woh, wohanjir lan woh anggur padha ngemohi.23Hé para wong sing padha manggoning Sion, padha bungah-bungaha. Padhagiyak-giyaka kanggo apa waé sing wiskatandukaké déning Pangéran marangkowé. Panjenengané wis paring udanawal sacukupé, lan wis ngesokaké udaning mangsa bedhidhing, sarta udan ingmangsa semi kaya adat sabené.24Penggilingan-penggilingan kebakgandum; pemipitané bakal kebak anggurlan lenga zaitun.25Aku bakal mbalèkaké panènanmusing wurung sajroning sawetara tauniki, merga dipangan grombolan walangnganti ludhes. Sing nekakaké tentaranglawan kowé kuwi Aku dhéwé.26Saiki kowé bisa mangan akèh ngantiwareg. Kowé bakal ngluhuraké asmané

Page 1367: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YOEL 2.27–32 9

Pangéran, Allahmu, sing wis nindakakékaélokan marang kowé. Umat-Ku bakalora kwirangan menèh.27Lan kowé bakal padha ngerti yènAku iki ana ing satengahmu, lan yènAku, Pangéran iki Allahmu. Ora anamenèh kejaba Aku. Umat-Ku bakal orakwirangan menèh ing selawas-lawasé."28 "Sawisé mengkono Aku bakalngesokaké Roh-Ku marang sabenwong; anak-anakmu lanang lan wadonbakal padha medhar wangsit; wongtuwa-tuwa bakal padha ngimpi, lan wongnom-noman bakal padha weruh wahyu.29 Ing wektu kuwi Aku bakal ngesokakéRoh-Ku, senajan marang para batur-tukon pisan lanang lan wadon."30Aku bakal nganakaké pretandha anaing langit lan ana ing bumi; bakal akèhgetih kawutahaké, bareng karo ananégeni lan kumeluné kukus.31 Ing kono srengéngé bakal dadipeteng, lan rembulan dadi abangkaya getih, sadurungé tekané DinanéPangéran sing nggegirisi.32Nanging saben wong sing nyenyuwunmarang Pangéran bakal kapitulunganrahayu. Kaya sing wis dipangandikakaké

Page 1368: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YOEL 3.1–5 10

déning Pangéran, "Ing Yérusalèm bakalana wong sawetara sing bisa oncat lanwong sing Daktimbali bakal kaentas."

31Pangandikané Pangéran mengkéné,"Ing wektu kuwi Aku bakal mulihaké

kemakmurané Yéhuda lan Yérusalèmmenèh.2Bangsa-bangsa bakal Dakklumpukakélan Dakgawa menyang LembahPengadilan. Ana ing kono Aku bakalnindakaké pengadilan, lan ngadili apasing wis ditindakaké déning umat-Ku. Wong Israèl wis padha disebarmenyang negara-negara manca, sartangedum-edum tanah-Ku nganti entèk.3Padha nggawé lotré kanggo netepakésapa sing bakal ngwasani wong tawanan.Bocah lanang lan bocah wadon padhadiedol dadi batur-tukon, kanggo mbayarregané anggur lan opahé sundel.4Hé wong Tirus lan wong Sidon sartawong ing wengkoné tanah Filistéa, Akuarep kokkapakaké? Apa kowé arep maleskaro tumindak-Ku? Yèn nyata mengkono,kowé sanalika bakal Dakwales gentèn!5Kowé wis mboyong slaka lan emas,sarta raja-brana-Ku, koklebokaké anaing candhi-candhimu.

Page 1369: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YOEL 3.6–12 116Wong Yéhuda lan wong Yérusalèmwis kokboyongi menyang negara-negaraadoh lan kokedol marang wong Yunani.7Saiki wong-wong mau bakal Dakluwarisaka panggonan enggonmu ngedol.Saiki Aku males marang kowé kayapenggawému marang wong-wong mau.8Saiki Aku bakal dhawuh ngedolanak-anakmu lanang lan wadon marangwong Yéhuda, lan wong mau bakalngedol menèh marang panggonansing adoh, yakuwi Syéba. Mengkonopangandikané Pangéran."9Wartakna marang sakèhé parabangsa: "Padha cecawisa perang;klumpukna para prejuritmu, tatanenbarisané, nuli mangkata!10Kajèné lukumu gemblèngen dadèknapedhang, lan arit-aritmu gawénentumbak. Tekan wong sing ringkih pisankudu mèlu perang.11Diénggal, tekaa, hé sakèhébangsa-bangsa ing ngendi-endi, padhanglumpuka ana ing lembah. DhuhPangéran, mugi ngutus tentara Padukanempuh piyambakipun.12Para bangsa kudu padha siap lanteka ing Lembah Pengadilan. Aku bakal

Page 1370: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YOEL 3.13–18 12

lenggah ana ing kana, ngadili sakèhépara bangsa.13Pialané gedhé banget, mulanébabaden kaya gandum ing mangsapanèn; iles-ilesen kaya woh anggurdiiles-iles ana ing pemipitan, ngantibanyuné anggur mili lubèr!14Maèwu-èwu wong sing padhanglumpuk ana ing Lembah Pengadilan.Dinaning Pangéran wis cedhak.15Srengéngé lan rembulan bakal dadipeteng, lan lintang-lintang ora bakalnyunaraké pepadhang."16Pangéran bakal dhawuh saka Sion;swarané ngemandhang kaya gludhugsaka Yérusalèm; bumi lan langit bakalpadha horeg. Nanging umaté bakaldiayomi.17 "Sabanjuré kowé, Israèl, bakalsumurup yèn Aku iki Pangéran, Allahmu!Aku dedalem ing Sion, gunung-Ku singsuci. Yérusalèm bakal dadi kutha suci,sing ora bakal ditelukaké menèh déningwong manca!18 Ing wektu kuwi gunung-gunungbakal kebak kebon anggur, lan punthuk-punthuk bakal kebak sapi lan wedhus;ing kana bakal akèh banyuné, nganti

Page 1371: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YOEL 3.19–21 13

lubèr, mili ing kali-kaliné Yéhuda. SakaPedalemané Pangéran bakal ana kali,sing mili mbanyoni Lebak Sitim.19Mesir bakal dadi ara-ara samun, lanÉdom dadi gempuran sing sepi, mergawong Édom wis padha nyerang tanahYéhuda, lan matèni wong-wong sing orangerti apa-apa.20Aku bakal males getihé wong singpadha dipatèni; sing kaluputan bakalora Dakéman. Nanging Yéhuda lanYérusalèm bakal dienggoni menèh ngantiturun-temurun, lan Aku Pangéran, bakaldedalem ana ing Sion."21 (3:20)

Page 1372: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

Amos

11 Iki pamedhar wangsité Nabi Amos,pangon sing asalé saka kutha Tekoa.

Kelakoné rong taun sadurungé lindhugedhé, yakuwi nalika jamané Uziajumeneng raja ing Yéhuda lan Yérobéambin Yoas jumeneng raja ing Israèl. Ingkono Pangéran paring wahyu marangAmos bab Israèl.2Pangandikané Nabi Amos mengkéné,"Pangéran dhawuh saka Gunung Sion;swarané kaya gludhug saka Yérusalèm.Pangonan-pangonan bakal dadi garing,lan suket ing Gunung Karmèl bakal malihrupané dadi soklat."3Pangandikané Pangéran mengkéné,"Wong Damsyik ora lèrèn-lèrèn enggonégawé dosa, mulané bakal padhaDakukum. Bangsa kuwi wis nindheswong Giléad sarta ambek siya.4Aku bakal nekakaké geni lan ngobongkedhatoné Hazaèl, semono ugabètèng-bètèngé Raja Bènhadad.5Gapurané kutha Damsyik bakalDakrubuhaké lan Aku bakal nyingkiraké

Page 1373: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMOS 1.6–10 2

wong-wong sing manggon ana ingLembah Awèn, mengkono uga rajanéBèt-Èden. Bangsa Siria bakal kaboyongdadi tawanan menyang tanah Kir."6Pangandikané Pangéran mengkéné,"Wong Gaza ora lèrèn-lèrèn padha gawédosa, mulané mesthi bakal Dakukum,merga wis padha ngangkataké wongsabangsa, diedol dadi batur-tukonmarang bangsa Édom.7Sarèhné mengkono, Aku bakalnekakaké geni ana ing bètèngé kuthaGaza lan ngobong bètèng-bètèngé maunganti tapis.8Para penggedhéné kutha-kutha Asdodlan Askelon bakal Daksingkiraké. KuthaÉkron bakal Dakukum lan kekarènéwong Filistin bakal mati kabèh."9Pangandikané Pangéran mengkéné,"Bangsa Tirus kuwi enggoné gawé dosaora lèrèn-lèrèn, mulané mesthi bakalDakukum. Sebab wis padha ngangkatakéwong sabangsa menyang tanah Édom,dadi ora netepi prejanjian memitranékaro bangsa mau.10Mulané Aku bakal nekakaké geni anaing bètèngé kutha Tirus lan ngobongbètèng-bètèngé mau nganti tapis."

Page 1374: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMOS 1.11–15 311Pangandikané Pangéran mengkéné,"Bangsa Édom enggoné gawé dosaora uwis-uwis, mulané mesthi bakalDakukum. Sebab wis padha nguya-uyaseduluré, yakuwi bangsa Israèl, tanpawelas. Nepsuné sing diendhem ora kenadisirep.12Mulané Aku bakal nekakaké geni anaing kutha Téman lan bètèng-bètèngékutha Bozra bakal Dakobong ngantitapis."13Pangandikané Pangéran mengkéné,"Wong Amon enggoné gawé dosaora uwis-uwis, mulané mesthi bakalDakukum. Enggoné perang kanggongelar jajahané nganti tegel mbedhèlwetengan ana ing Giléad.14Merga saka kuwi Aku bakal nekakakégeni ana ing bètèngé kutha Raba lanngobong bètèng-bètèngé mau ngantitapis. Ing dina kuwi bakal ana peranglan keprungu swaraning wong singpadha sesambat. Raméning perang kayapangamuké prahara.15Raja lan para penggedhéné bakalditawan lan kabuwang menyang tanahmanca."

Page 1375: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMOS 2.1–5 4

21Pangandikané Pangéran mengkéné,"Bangsa Moab enggoné gawé dosa

wis marambah-rambah, mulané mesthibakal Dakukum. Bangsa mau wis nginabalung-balungé raja Édom, mergangobongi balung-balung mau nganti dadiawu.2Aku bakal nekakaké geni ana ingtanah Moab lan ngobong bètèng-bètèngékutha Kériot. Wong Moab bakal matiing satengahing peprangan, barengkaro swarané prejurit sing padha patingbrengok lan swaraning slomprèt.3Rajané Moab bakal nemahi pati,semono uga penggedhéné negara konokabèh."4Pangandikané Pangéran mengkéné,"Wong Yéhuda enggoné gawé dosa bola-bali, mulané mesthi bakal Dakukum.Wong-wong mau padha nampikpiwulang-Ku lan padha ora netepipepakon-Ku. Padha gelem disasarakédéning para brahala sing biyèn disembahdéning para leluhuré.5Mulané Aku bakal nekakaké geni ingYéhuda, lan ngobong bètèng-bètèngéYérusalèm nganti tapis."

Page 1376: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMOS 2.6–10 56Pangandikané Pangéran mengkéné,"Bangsa Israèl marambah-rambah gawédosa, mulané mesthi bakal Dakukum.Wong mursid sing ora bisa nyaur utangépadha diedol, mengkono uga wongmlarat mbayar regané sandhal sepasangwaé ora bisa.7Wong sèkèng lan wong sing tanpakekuwatan padha diidak-idak. Wongmiskin padha disasaraké. Bapak lananaké lanang padha-padha nuronibatur-tukon wadon siji, lan sranamengkono padha nyewiyah kasucèn-Ku.8 Ing saben panggonan sing dienggondedonga padha slèmèkan sandhanganéwong miskin sing digadhèkaké marangwong mau. Ana ing Pedalemané Allahéwong mau padha ngombé anggur, singdijupuk saka wong-wong sing utangmarang wong mau.9Mangka iya merga kowé Aku wisnumpes bangsa Amori, sing dedegégedhé dhuwur kaya wit èrès lan rosanékaya wit élon.10Kowé Dakirid metu saka tanahMesir. Dakkanthi ana ing ara-ara samunnganti patang puluh taun lawasé, sarta

Page 1377: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMOS 2.11–16 6

Dakparingi tanahé wong Amori dadiduwèkmu.11 Ing antarané anak-anakmu lanangana sawetara sing Dakpilih dadi nabi,lan ana nonoman sing dadi nasir,a apaora mengkono, hé Israèl? Mengkonopangandikané Pangéran.12Nanging para nasir padha kokkonngombé anggur lan para nabi kokpengingmedhar wangsit sing ditampa saka Aku.13Mulané saiki kowé bakal Dakiles-ilesing lemah, nganti kowé bakal sesambatpating krengkèt kaya grobag singkabotan momotan gandum.14Senajan wong sing banter playunébakal ora bisa oncat, lan wong rosa bakalkélangan karosané sarta para prejuritbakal ora bisa nylametaké awaké dhéwé.15Prejurit panahan bakal ora bisatahan, wong sing rikat playuné bakal orabisa ngoncati, sarta prejurit jaranan ugaora bisa ngluwari awaké dhéwé.16 Ing dina kuwi wong sing kendeldhéwé bakal mbuwang gegamané lanmlayu ngungsi. Mengkono pangandikanéPangéran."

anasir: sinengker, pinilih.

Page 1378: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMOS 3.1–8 7

31Hé wong Israèl, rungoknapangandikané Pangéran kanggo

bangsamu kabèh, sing wis diirid metusaka tanah Mesir déning Pangéran.2 "Saka ing antarané bangsa-bangsasalumahing bumi mung kowé dhéwésing Dakraketi lan Dakrumati. Kuwi singndadèkaké dosamu saya abot, lan njalariAku mesthi kudu ngukum kowé."3Apa wong loro sing lelunganbebarengan ora rembugan dhisik?4Apa ana singa sing nggero ing alas,menawa durung olèh memangsan? Singanom apa nyuwara ing guwané menawadurung nubruk apa-apa?5Manuk apa bisa mlebu ing pasangan,menawa pasangané ora disèlèhi pakan?Apa pasangan bakal njeplak menawadurung diidak?6Apa ana slomprèt diunèkaké mangkawong-wong ing kutha padha ora wedi?Apa ana kutha ketekan paukuman singora ditekakaké déning Pangéran?7Pangéran Allah ora bakal nindakakéapa-apa, sing sadurungé ora dilairakédhisik marang para nabi, abdiné.8Yèn ana singa nggero, sapa sing orawedi? Yèn Pangéran Kang Mahakwasa

Page 1379: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMOS 3.9–13 8

ngandika, sapa bisa ora medharaképangandikané?9Wartakna marang wong-wong singpadha manggon ing kedhaton Mesirlan Asdod, "Padha nglumpuka ana ingpunthuk-punthuk sakubengé Samaria,lan delengen gègèr sing kelakon ingnegara kono sarta panganiaya singkatindakaké ana ing kana."10Pangandikané Pangéran mengkéné,"Wong-wong kuwi padha ngisèni omahénganggo barang colongan lan asiléenggoné ngrampog. Padha ora ngertising diarani jujur kuwi kepriyé.11Mulané tanahé bakal dikepung déningmungsuh, témbok lan bètèng-bètèngébakal dirusak, lan omah-omahé bakaldijarah-rayah.12Pangandikané Pangéran mengkéné,‘Kaya déné pangon mung bisa ngrebutsikil loro utawa kuping secuwil sakacangkemé singa, semono uga mungsethithik cacahé wong Samaria singbisa oncat, yakuwi wong sing saikipadha lèyèh-lèyèh ana ing peturon singméwah.’"13Pangandikané Pangéran KangMahaluhur lan Mahakwasa mengkéné,

Page 1380: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMOS 3.14–4.3 9

"Padha ngrungokna, lan turuné Yakubpadha élingna.14 Ing dinané enggon-Ku ngukumumat Israèl merga saka dosa-dosané,mesbèh-mesbèh ing Bètèl bakalDakrusak. Sungu-sunguné mesbèh maubakal padha ditugeli, dibuwang inglemah.15Pasanggrahan mangsa bedhidhinglan pasanggrahan mangsa panas bakalDakrusak. Omah-omah sing dihiasnganggo gadhing bakal digempur, lansaben omah gedhé bakal diremuk.

41 Iki rungokna, hé para wong wadonSamaria, sing padha lemu ginuk-

ginuk kaya sapi Basan sing dilemokaké.Kowé padha nyia-nyia wong sèkèng lannindhes wong miskin, sarta akon bojomunyawisi kowé anggur sing apik dhéwé!2Allah Kang Mahakwasa lan Mahasuciwis supaos mengkéné: Bakal tekanwektuné kowé padha kagèrèd nganggokeluh, saben wong ditarik nganggopancing kaya iwak.3Kowé bakal digèrèd menyang bètèngsing bolong lan dibuwang metu sakakono."

Page 1381: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMOS 4.4–8 104Pangandikané Pangéran KangMahaluhur mengkéné, "Hé wong Israèl,lungaa menyang pasucènmu ing Bètèllan terus-terusna enggonmu gawé dosa!Lungaa menyang Gilgal lan gawéa dosasakatogmu! Terus-terusna lan gawéakurban sembelèhan, saben ésuk sartasaosna prasepuluhanmu pendhak telungdina sepisan.5Terusna enggonmu nyaosakékurban dhaharan marang Allah, lanngumukna enggonmu saos kurbanmirunggan! Mengkono mau rak wis dadikasenenganmu.6 ‘Aku bakal nekakaké paceklik anaing kutha-kuthamu, éwasemono kowépadha ora mratobat marang Aku.7Aku nyegah tekané udan, samasatanduranmu nedheng-nedhengémbutuhaké banyu. Kutha sing sijiDakparingi udan, nanging sijiné ora.Udan tiba ing sawah sing siji, nangingliyané tetep garing.8Wong saka kutha ngendi-endi singlemes merga ketaton, padha golèk banyuing kutha sing dikira ana banyuné, jebulbanyuné ing kono ora cukup kanggo

Page 1382: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMOS 4.9–11 11

ngombé. Éwasemono kowé padha oramratobat marang Aku.9Aku banjur nekakaké angin panas singmbrongot tanduranmu. Walang-walangpadha mangan wit-witan sing anaing kebonmu, wit anggurmu sarta witanjir lan wit zaitun, nganti entèk tapis.Éwasemono kowé padha ora mratobatmarang Aku.10Aku wis ngintunaké pageblug anaing tengahmu kaya kang Dakkintunakémarang wong Mesir; para nonomanmuwis padha Dakpatèni ana ing peprangan,semono uga jaran-jaranmu wis padhadirayah. Panggonanmu wis Dakdamelbacin merga bathangé wong lan kéwannganti ambuné mau nyogok irungmu,éwasemono kowé padha ora mratobatmarang Aku.11Wongmu sawetara ana singDaktumpes kaya enggon-Ku numpesSodom lan Gomora. Ana sing kari urip,presasat kayu murub kaentas sakageni. Éwasemono kowé ora mratobatmarang Aku’, mengkono pangandikanéPangéran.

Page 1383: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMOS 4.12–5.5 1212Mulané hé wong Israèl, kowé bakalDakukum, lan sarèhné mengkono, kowétata-tataa nampani paukuman-Ku!"13Allah kang yasa gunung-gunungsarta nitahaké angin. Panjenenganényumurupaké marang manungsa apasing digalih. Panjenengané sing nitahakérina lan wengi. Panjenengané tindak anaing sandhuwuré punthuk-punthukingbumi. Asmané kasebut: Pangéran AllahKang Mahakwasa!

51Padha rungokna hé Israèl! Kidungpatangisané wong mati sing

Dakkidungaké kanggo kowé:2 Israèl kuwi putri sing tiba, lan ora bisatangi menèh! Nggléthak ana ing lemah,mangka ora ana sing nangèkaké.3Pangandikané Pangéran KangMahaluhur mengkéné, "Ana kutha ingIsraèl nglurug perang, nggawa tentarasèwu, nanging sing bali mung wongsatus. Kutha liyané nggawa tentarasatus, nanging sing bali mung sepuluh."4Pangandikané Pangéran marang wongIsraèl, "Kowé nggolèkana Aku, temahkowé bakal urip.5Aja ngabekti marang Aku ing Bèrsyébautawa nggolèki Aku ana ing Bètèl.

Page 1384: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMOS 5.6–11 13

Bètèl kuwi dudu apa-apa. Aja menyangGilgal — wong ing Gilgal bakal mati ingpembuwangan."6Padha nggolèkana Pangéran, temahkowé bakal urip. Yèn kowé ora nggolèkiPanjenengané, Panjenengané bakalngrawuhi kowé kaya geni sing ngebyukiumat Israèl. Geni mau bakal ngobongwong-wong ing Bètèl, lan ora ana wongsing bakal bisa nyirep.7Kowé wis ketiban paukuman, mergakowé wis nylèwèngaké keadilan lannasaraké wong saka dalan sing bener!8Pangéran kang yasa lintang-lintang— lintang Wuluh lan lintang Luku.Panjenengané sing malik awandadi bengi, lan bengi dadi awan.Panjenengané sing nimbali banyunésegara, nuli diesokaké ana ing bumi.Asmané kasebut: Pangéran.9Panjenengané sing ngrusak wongkwasa sarta sabètèng-bètèngé pisan.10Kowé padha sengit marang wongsing mbélani kabeneran ana ingpengadilan sarta ngucapaké tembungsing sanyatané.11Wong miskin padha kokidak-idak,gandumé padha karampog. Mulané kowé

Page 1385: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMOS 5.12–16 14

bakal ora manggon ana ing omahmusing kokbangun nganggo watu becikutawa ngombé anggur tanduranmu sakakebon anggurmu sing nyenengaké.12Ngertia sepira gedhéné dosa-dosamulan sepira akèhé pialamu sing wiskoktindakaké. Wong mursid padhakokkuya-kuya, kowé nampani suap lannyegah wong miskin olèh kabeneran anaing pengadilan.13Mulané ing mangsa sing alamengkono, sing becik dhéwé yènmeneng waé!14Padha nggolèka prekara sing becik,aja sing ala, supaya kowé urip, sartaPangéran Kang Mahakwasa bakal nunggilkaro kowé temenan, kaya sing dadikandhamu.15Piala sengitana lan kabecikanraketana, sarta kabeneran bakal unggulana ing pengadilan. MbokmenawaPangéran rentah welasé marang wong-wong kekarèné umaté sing isih padhaurip.16Pangéran Allah Kang Mahakwasangandika mengkéné, "Ing lurung-lurunging kutha bakal keprungupesambat lan panangisé wong sing mèlu

Page 1386: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMOS 5.17–22 15

sambat-sambat, nangisi wong sing mati,bebarengan karo tukang tangis bayaran.17 Ing kebon anggur ngendi-endi bakalkeprungu swarané wong sing padhasesambat. Iki kabèh bakal kelakon,merga Aku bakal teka ngukum kowé.Mengkono pangandikané Pangéran."18Saiba gedhéning cilakamu sing padhangarep-arep tekané dinané Pangéran.Apa gunané dina mau kanggoné kowé?Kanggoné kowé dina mau bakal peteng,ora padhang.19Mungguh ing kowé dina kuwi ibaratéwong sing mlayu ngoncati singa, jebulkepethuk bruwang! Utawa kaya wongsing tekan omah, cekelan témbok, jebultangané dicokot ula!20Dinané Pangéran kuwi bakalnekakaké pepeteng, dudu pepadhang.Dina sing surem tanpa cahya.21Pangandikané Pangéran mengkéné,"Aku gething karo dina-dinamu riaya.Aku ora rena ing penggalih!22Samasa kowé padha ngunjukakékurban obongan lan kurban dhaharan,bakal ora Daktampa. Kurbanmu kéwanlemon bakal Daktampik.

Page 1387: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMOS 5.23–6.1 1623Mandhega enggonmu menyanyiramé. Aku ora butuh ngrungokakéswaraning rebabmu.24Kosokbaliné keadilan padha golèkana,supaya lubèr kaya ilining banyu, lankabeneran kaya kali sing ora tau garing.25Hé wong Israèl, sajroning patangpuluh taun Aku nuntun kowé metusegara wedhi, Aku ora tau mundhutkurban sembelèhan utawa kurbandhaharan.26Nanging saiki bareng kowé padhanyembah recané Sakkut, rajaningbrahalamu, lan Kaiwan, déwané lintang,kowé kudu tetep nggawa reca-recamumau.27Yakuwi samasa kowé Dakbuwang ingtanah adoh saka Damsyik. Mengkonopangandikané Pangéran, sing asmanékasebut: Allah Kang Mahakwasa."

61Saiba gedhéning kasangsaran singbakal nekani kowé, hé wong-wong

sing padha ayem-ayem manggon ana ingSion, lan rumangsa tentrem manggoning Samaria — hé para wong gedhé singngerèh Israèl, bangsa sing gedhé iki,kowé sing padha dadi paran pitakonanéwong sing padha mbutuhaké pitulungan!

Page 1388: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMOS 6.2–8 172Padha menyanga Kalné lan titinen.Banjur menyanga Hamat, kutha gedhékuwi, nuli menyanga Gat, kuthané wongFilistin. Apa kutha-kutha kuwi luwihbecik ketimbang karo kraton Yéhudautawa kraton Israèl? Apa daérahé luwihjembar ketimbang karo daérahmu?3Kowé ora gelem ngakoni yèn kowébakal ketekan kasangsaran, nangingpenggawému kuwi mung nggelisakétekané dina mau.4Saiba bakal cilakamu, kowé singkulina lèyèh-lèyèh ana ing peturonméwah lan mangan bestik daging pedhètlan cempé!5Kowé seneng nganggit nyanyian lanngunèkaké clempung kaya Dawud.6Seneng ngombé anggur ing tuwunglan nganggo wewangèn sing wangibanget, nanging ora mreduli rusakébangsa Israèl.7Mulané kowé bakal sing dhisik dhéwékaboyong menyang pembuwangan.Pésta-péstamu lan enggonmu manganénak bakal mandheg.8Pangéran Kang Mahakwasa wisngélingaké kalawan supaos, "Akugething karo Israèl sing angkuh; Aku

Page 1389: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMOS 6.9–13 18

sengit karo omah-omahé sing méwah.Mulané kutha krajané saisiné kabèhbakal Dakulungaké marang mungsuhé."9Yèn ing brayat kono ana wongésepuluh, bakal mati kabèh.10Seduluré, sing ngurus panguburésing padha mati, bakal ngetokakémayit-mayité saka omah. Banjur bakalceluk-celuk, sapa sing isih kari urip anaing omah kono, "Apa isih ana wongmenèh kejaba kowé?" Bakal ana swarasing mangsuli, "Ora ana!" Sedulur maubanjur bakal kandha, "Wis menenga!Kita kudu ngati-ati, senajan nyebutasmané Allah pisan, aja!"11Samasa Pangéran wis paringdhawuh, omah gedhé cilik bakal diremukajur-mumur.12 Jaran apa negar ana ing gunungkarang? Lan wong apa mluku segaranganggo sapi? Éwasemono kabeneranwis kokowahi dadi wisa, lan sing benerkokdadèkaké luput.13Kowé ngumukaké enggonmu wisnelukaké kutha Lodebar. Kowé kandha,"Kita wis kuwat lan bisa nelukakéKarnayim."

Page 1390: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMOS 6.14–7.4 1914Pangéran Allah Kang Mahaluhurpiyambak ngandika, "Hé wong Israèl,Aku bakal nekakaké tentara manca.Kuwi bakal nindhes kowé saka undhak-undhakan Hamat ing sisih Lor tekanLembah Arabah ing sisih Kidul."

71Aku nampa wahyu saka PangéranKang Mahakwasa. Ing sajroning

wahyu mau aku weruh Gusti Allahndhatengaké walang gegolongan yakuwisawisé damèn sing kanggo Sang Prabudierit lan suket anyar tuwuh menèh.2 Ing sajroning wahyu kuwi akuweruh walang-walang mau padhamangsa sedhéngah tanduran sing ijosing ana ing tanah kono. Aku banjurmunjuk marang Pangéran, "Dhuh AllahIngkang Mahaluhur, mugi kersa paringpangapunten dhateng umat Paduka!Kadospundi sagedipun gesang, jalaranpiyambakipun menika alit, tur ringkihsanget!"3Gusti Allah banjur santun penggalihé,sarta ngandika, "Apa sing kokdelengkuwi bakal ora sida Daktindakaké!"4Aku nampa wahyu menèh sakaPangéran Kang Mahaluhur. Sajroningwahyu mau aku weruh Panjenengané

Page 1391: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMOS 7.5–9 20

tata-tata arep ngukum umaté nganggogeni. Geni mau ngobong segara gedhénganti entèk, lan geniné mrambat arepngobong dharatan.5Aku banjur munjuk, "Dhuh Allah!Kadospundi umat Paduka sagedipunlestantun gesang, jalaran piyambakipunalit tur ringkih sanget!"6Gusti Allah banjur santun penggalihésarta ngandika, "Yèn mengkono iki iyaora bakal kelakon."7Aku nampa wahyu menèh sakaPangéran lan weruh Panjenenganéjumeneng ana ing sisihing témbok, singdibangun jejeg, astané ngasta tali sipatgantung.8Panjenengané ndangu, "Amos, kowéweruh apa?" Unjukku, "Kawula sumereptali sipat gantung." Panjenenganébanjur ngandika, "Tali sipat gantungiki Dakagem mbuktèkaké yèn umat-Kukaya témbok sing dhoyong. Aku bakalora maringi pangapura menèh, sartamesthi bakal Dakukum.9Panggonan-panggonan sing dienggosaos kurban déning anak-turuné Iskakbakal Dakdadèkaké ludhesan. Papansuciné Israèl bakal karusak kabèh.

Page 1392: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMOS 7.10–15 21

Anak-turuné Raja Yérobéam bakalDakpatèni kabèh."10Amazia, imam ing Bètèl ngaturakélapuran marang Yérobéam, raja ingIsraèl, "Amos ngojok-ojoki rakyatsupados nglawan dhateng Panjenengan.Khotbah-khotbahipun temtu badhéngrisak negari menika.11Piyambakipun criyos mekaten,‘Yérobéam bakal mati ing peprangan,lan umat Israèl bakal kaboyong daditawanan menyang tanah manca.’"12Amazia banjur kandha karo Amosmengkéné, "Hé nabi, cukup seménéwaé! Kowé balia menyang Yéhuda;khotbaha ing kana, karo njaluka bayaranpisan.13Aja medhar wangsit ana ing kénémenèh. Iki pasucèné Sang Prabu, candhikraton."14Amos banjur mangsuli, "Aku dudunabi sing medhar wangsit merga mélikopah. Aku iki pangon lan duwé kebonara.15Nanging aku ditimbali déningPangéran ninggal pegawéanku enggonkudadi pangon, kadhawuhan medharwangsit marang umaté Israèl.

Page 1393: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMOS 7.16–8.3 2216Mulané saiki rungokna pangandikanéPangéran. Kowé akon aku meneng sakaenggonku medhar wangsit nglawanIsraèl.17Mulané Pangéran saiki ngandikamarang kowé mengkéné, ‘Somahmubakal dadi sundel ing dalan-dalan, lananak-anakmu mati ana ing peprangan.Palemahanmu bakal diedum-edum landiwènèhaké marang wong liya. Dénékowé dhéwé bakal mati ana ing tanahéwong kapir. Wong Israèl dhéwé mesthibakal kasingkiraké saka ing tanahédhéwé.’"

81Aku kaparingan wahyu menèhdéning Pangéran. Ing wahyu mau

aku weruh ana kranjang isi woh-wohan.2Pangéran ndhangu, "Amos, kowéweruh apa?" Unjukku, "Kawula sumerepkranjang isi woh-wohan." PangandikanéPangéran, "Umat-Ku Israèl wis tekanwekasané. Aku ora arep santunpenggalih menèh bab enggon-Ku arepngukum Israèl.3 Ing dina kuwi nyanyian ing kedhatonbakal dadi pesambat. Ing ngendi-endi bakal ana jisim kabuwang ing

Page 1394: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMOS 8.4–8 23

saenggon-enggon, tanpa ana wongweruh."4Rungokna, hé wong sing ngidak-idakwong mlarat lan sing arep nyirnakakéwong miskin saka negara.5Kowé ngunandika, "Aku ora sabarngentèni rampungé dina-dina riaya,merga selak arep ngedol gandumku. DinaSabbat kuwi gèk suk kapan rampungé;aku selak ngedol daganganku? Supayaakèh bathiku, aku arep migunakakétakeran palsu lan ngowahi timbangankanggo ngapusi lenggananku.6Gandum sing wis ala bisa payu akèh.Kita bakal olèh wong miskin sing orabisa nyaur utangé, sing saking miskinénganti ora bisa mbayar regané trumpahsepasang. Wong mau banjur kita tukudadi batur-tukon."7Pangéran Allahé Israèl wis supaos,"Aku bakal ora nyupèkaké pialamu ingselawasé.8Aku bakal nekakaké lindhu, ngantiwong sanegara bakal padha nandhangsangsara. Sanegara bakal gemeterkabèh; bakal mumbul lan ambles kayaBengawan Nil.

Page 1395: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMOS 8.9–12 249Aku bakal nekakaké grahanasrengéngé, nganti buminé ing wayahawan bakal dadi peteng. Mengkonopangandikané Pangéran Kang Mahaluhur.10Dina-dina riaya bakal Dakdadèkakédinané wong kepatèn, lan nyanyiankabungahan bakal Dakdadèkaképatangisan. Kowé bakal Dakpeksanyukur rambutmu lan nganggo bagor,lan kowé bakal padha nangis kaya wongtuwa sing sambat-sambat nangisi patinéanaké ontang-anting. Ing dina kuwibakal kebak kasusahan nganti tekanwekasané."11Pangandikané Pangéran KangMahaluhur mengkéné, "‘Bakal tekanwektuné Aku nekakaké paceklik ingnegara kéné. Wong bakal padhakaliren, nanging ora merga kekuranganpangan; bakal padha ngelak nangingora merga kekurangan banyu, nangingmerga ngelih lan ngorong marangpangandikané Pangéran.’ Mengkonopangandikané Pangéran.12Wong-wong bakal padha nglembarasaka Lor mengidul, lan saka Wétanmengulon. Ana ing ngendi-endi bakal

Page 1396: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMOS 8.13–9.3 25

padha nggolèki pangandikané Pangéran,nanging padha ora olèh.13 Ing dina kuwi wong nonoman lanprawan pisan, bakal padha ambrukmerga kasatan.14Nanging wong-wong sing padhanyembah marang brahala ing Samarialan padha sumpah, ‘Demi déwané Dhan’,utawa sumpah, ‘Demi déwané Bèrsyéba’— bakal padha ambruk lan ora tangimenèh."

91Aku ndeleng Pangéran jumenengana ing sisihé mesbèh. Panjenengané

paring dhawuh, "Cagak-cagaké Pasucènkuwi pucuké penthungen sing seru,supaya ambyar. Karebèn pethal lan nibanisirahé wong-wong. Kandhakna yèn umatbakal Dakpatèni ing peprangan. Ora anasiji-sijia sing bakal bisa mlayu; ora anasiji-sijia sing bakal oncat.2Senajana mlebu ing jagadé wongmati pisan, bakal Dakcekel. Senajan anasing mènèk tekan langit pisan, bakalDakdhunaké.3Menawa padha ndhelik ing pucakéGunung Karmèl bakal Dakgolèki lanDakcekel. Samasa arep nilapaké Akulan umpetan ana ing dhasaré segara,

Page 1397: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMOS 9.4–8 26

Aku bakal ngutus naga segara nyokotwong-wong mau.4Samasa kaboyong dadi tawanandéning para mungsuhé, Aku bakaldhawuh matèni. Wong-wong mau mesthibakal Daktumpes, lan ora Daktulungi."5Pangéran Kang Mahakwasa banjurndumuk bumi, nganti gonjing; kabèhsing padha manggon ing kono padhasambat-sambat. Jagadé mumbul lanmendhak kaya Bengawan Nil.6Pangéran yasa dalemé ana ing langitlan bumi ditutupi nganggo kubahangkasa. Banyuné segara ditimbalilan diesokaké ana ing bumi. Asmanékasebut: Pangéran.7Pangéran ngandika mengkéné, "Héwong Israèl. Kowé Dakanggep padhawaé karo wong Sudan. Wong FilistinDaktekakaké saka Kréta, lan wong Siriasaka Kir, kaya enggon-Ku nekakakékowé saka Mesir.8Aku, Pangéran Kang Mahaluhurwis ngawasaké dosané kraton Israèl,lan bakal Daksirnakaké saka bumi.Nanging ora kabèh turuné Yakub bakalDaktumpes.

Page 1398: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMOS 9.9–13 279Aku bakal paring dhawuh lanngoregaké bangsa Israèl kaya gandumsing diinteri; bakal Dakawut-awut anaing antarané bangsa-bangsa, mulawong sing ora ana gunané padhaDaksingkiraké kabèh.10Para wong dosa ing antarané umat-Kubakal padha mati ing peprangan, yakuwising padha muni, ‘Gusti Allah ora bakalnekakaké paukuman marang kita.’"11Pangandikané Pangéran mengkéné,"Bakal ana mangsané Aku mbangunkratoné Dawud, sing wis kaya omahbubrah. Bètèngé bakal Dakyasa menèhkaya mauné.12Bangsa Israèl bakal nelukakékekarèné tanah Édom lan tanahébangsa-bangsa sing biyèn dadi pilihan-Ku. Mengkono pangandikané PangéranKang Mahakwasa, sing bakal nindakakékuwi mau kabèh."13Pangandikané Pangéran mengkéné,"Lah bakal tekan titi-mangsané thukulégandum luwih cepet ketimbang karosing derep, lan woh anggur luwih cepetmatengé ketimbang karo suwéné gawéanggur sing diombé. Gunung-gunungbakal padha nètèsaké anggur legi,

Page 1399: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

AMOS 9.14–15 28

lan punthuk-punthuk bakal metokakéanggur nganti lubèr.14Umat-Ku bakal Dakulihaké menyangtanahé. Banjur bakal padha mbangunmenèh kutha-kuthané sing dadijugrugan, sarta bakal padha manggoning kana; ing kono bakal padha yasakebon anggur lan ngombé anggur; bakalpadha mbangun kebon woh-wohan lanpadha mangan wohé.15Umat-Ku bakal Daktandur ana ingtanahé dhéwé, sing Dakparingakémarang wong-wong mau. Lan bakalpadha ora katundhung menèh sakakono. Mengkono pangandikané PangéranKang Mahakwasa."

Page 1400: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

Obaja

11 Iki ramalané Nabi Obaja:Pangandikané Pangéran Kang

Mahakwasa kanggo Édom mengkéné:Gusti Allah wis ngutus utusané marangpara bangsa, lan kita wis padha krungupangandikané, "Padha tata-tataa! Ayopadha nglurug perang nglawan Édom!"2Pangandikané Pangéran marangÉdom mengkéné, "Kowé bakal Dakgawétanpa daya; nganti saben wong bakalngrèmèhaké kowé.3Atimu sing angkuh kuwi wismblondrokaké kowé. Kutha krajanmupresasat bètèng sing kukuh kaya watukarang; omahmu dumunung ana ingpegunungan sing dhuwur, mula kowépadha mosik ing atimu, ‘Sapa sing bisanyèrèd aku medhun ing bumi?’4Nanging senajan enggonmu gawéomah ing papan sing dhuwur kayasusuhé manuk garudha, nganti kaya anaing antarané lintang-lintang, éwasemonokowé bakal Daksèrèd medhun ing bumi.

Page 1401: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

OBAJA 1.5–10 25Maling sing teka ing wayah bengi,mung njupuk barang sing dibutuhaké.Wong ngundhuh anggur, rak mesthi anasethithik sing kecècèr. Nanging kowébakal disapu resik déning para satrumu.6Hé turuné Ésau, raja-branamu bakaldirampog.7Kowé bakal digorohi déning paramitramu, temah kowé bakal katundhungmetu saka tanahmu. Bangsa sing biyènurip rukun karo kowé bakal nelukaké lannjajah marang kowé. Kanca sing biyènmangan bebarengan karo kowé, bakalpadha masang kala-jiret kanggo kowé;malah bakal padha ngrasani kowé,‘Jaréné pinter, lah endi kapinterané?’8Bakal kelakon ing dinané Akunekakaké paukuman, wongé singpinter-pinter bakal Daktumpes barengkaro kapinterané pisan.9Para prejurité Téman bakal padhagiris, lan serdhadhuné Édom bakal matikabèh."10 "Sarèhné kowé wis ngrampog lanmatèni para sedulurmu, yakuwi anak-turuné Yakub, kowé bakal katumpes lannandhang kanisthan ing selawasé.

Page 1402: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

OBAJA 1.11–15 311Nalika para mungsuh padhanggempur gapurané sedulurmu, kowémung ngadeg ndeleng saka kadohan.Mulané pialamu padha waé karo pialanépara wong manca sing padha ngusungibarang-darbèké wong Yérusalèm, banjurdiedum ing antarané kanca-kancané.12Kuduné kowé ora bungah mergasedulurmu ing Yéhuda padha ngalamicilaka. Kuduné kowé padha sedhihnalika sedulurmu padha kélangan entèk-entèkan. Kuduné kowé ora nggeguyusedulurmu sing lagi nandhang sangsara.13Kuduné kowé ora kena mlebu inggapurané kutha-kuthané umat-Ku, lannggeguyu enggoné padha kasangsaran,sarta njarah-rayah darbèké nalikasedulurmu ngalami musibah.14Kuduné kowé ora ngadeg ana ingprapatan lan nyekel saben wong singmlayu arep oncat. Kuduné wong-wongmau ora kokulungaké ing tanganémungsuh, nalikané sedulurmu nandhangkasangsaran."15Pangandikané Pangéran, "Wis cedhakwektuné, enggon-Ku ndhawahaképaukuman marang para bangsa. HéÉdom, apa sing koktindakaké marang

Page 1403: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

OBAJA 1.16–20 4

liyan, kuwi bakal katindakaké marangkowé. Kowé bakal ngundhuh apa singwis koksebar.16Umat-Ku bakal ngombé sakatuwunging paukuman sing pait ana inggunung-Ku sing suci. Nanging iya parabangsa sing ana ing sakiwa-tengenébakal padha ngombé, malah paukumansing kepara luwih abot; kabèh bakalpadha ngombé lan sirna."17 "Nanging bakal ana sing oncat sakaSion, lan Gunung Sion bakal dadi papansing suci. Turuné Yakub bakal padhandarbèki tanah sing pancèn dadi haké.18Turuné Yakub lan Yusuf presasatgeni; bakal padha nyirnakaké Édom kayageni sing ngobong sisané damèn, singwis dibabad ora ana ing sawah. TurunéÉsau bakal ora ana sing urip.19Édom bakal dienggoni déning wongYéhuda sing saka sisih Kidul; déné wongYéhuda sing saka sakuloné pegununganbakal nelukaké wong Filistéa. WongIsraèl bakal ngenggoni daérahé Éfraimlan Samaria. Taler Bènyamin bakalngebroki Giléad.20Wong-wong Israèl sing bali sakapembuwangan bakal ngebèki tanahé

Page 1404: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

OBAJA 1.21 5

wong Kenaan nganti tekan Zarfat. Wong-wong saka Yérusalèm sing kabuwanging Sardis bakal padha nelukaké lanngenggoni Yéhuda sisih Kidul.21Wong-wong Yérusalèm sing padhamenang mau bakal nyerang Édomdidadèkaké jajahané, lan Pangéranpiyambak bakal jumeneng raja."

Page 1405: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

Yunus

11 Ing sawijining dina Pangéranngandika marang Yunus bin Amitai

mengkéné,2 "Lungaa menyang Ninewé, kutha singgedhé kuwi, lan ana ing kono ngramala.Aku pirsa gedhéning pialané kuthakuwi."3Nanging Yunus ora menyang Ninewé,malah arep lunga menyang Spanyol,nyingkiri dhawuhé Pangéran. Yunusbudhal menyang Yopé lan ana ing konoolèh prau sing arep mangkat menyangSpanyol. Bareng wis mbayar ongkosébanjur munggah ing prau, bebarengankaro para penumpang prau mau. Yunusadoh saka ngarsané Pangéran.4Nanging Gusti Allah banjur nekakaképrahara ing segara. Saking gedhénénganti prau mau kaancam déningbebaya.5Para kelasi padha wedi banget lansambat-sambat njaluk tulung marangdéwa sesembahané dhéwé-dhéwé.Lan supaya ngurangi bebaya kèrem,

Page 1406: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YUNUS 1.6–10 2

wong-wong banjur padha mbuwangimomotané prau. Déné Nabi Yunus wismedhun ing péranganing prau singngisor dhéwé, banjur saré kepati.6Nabi Yunus banjur diparani kaptènéprau, karo matur mengkéné, "Lho,kénging menapa panjenengan koksarékémawon? Kula aturi wungu lanndedonga dhateng allah panjenengannyuwun pitulunganipun. Saged ugituwuh welasipun dhateng kita lanmilujengaken gesang kita."7Para kelasi padha rerasanan, "Ayopadha gawé undhi, supaya ngerti sapasing sejatiné marakaké kita padhakaancam ing bebaya iki." Banjur padhagawé undhi lan undhi mau tiba Yunus.8Mulané banjur matur marang NabiYunus, "Panjenengan kalepatan menapa?Panjenengan nglampahi menapa wontening ngriki? Panjenengan saking negaripundi lan bangsa menapa?"9 "Kula menika tiyang Ibrani,"mengkono wangsulané Nabi Yunus."Kula ngabekti dhateng Allah ingkangnitahaken langit, bumi lan seganten."10Yunus nyritakaké enggoné mlayusaka ngarsané Pangéran. Para kelasi

Page 1407: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YUNUS 1.11–14 3

padha wedi banget, banjur maturmarang Nabi Yunus mengkéné, "Tindakpanjenengan menika lepat sanget!"11Praharané saya suwé saya mundhakgedhé. Mulané para kelasi banjur maturmarang Nabi Yunus, "Sekécanipunkadospundi, panjenengan kedah kulamenapakaken, supados prahara menikasirep?"12Wangsulané Nabi Yunus,"Prayoginipun kula sampéyan bucaldhateng seganten kémawon, mangképraharanipun badhé tumunten sirep.Sebab menika sedaya rak mergi sakinglepat kula, temah sampéyan ngantossami katempuh ing prahara kadosmekaten."13Para kelasi ngudi supaya praunébisa ndharat, banjur padha ngetogkarosan ndhayung prauné. Nangingpraharané saya mundhak gedhé lanprauné kompal-kampul ora bisa majuutawa mundur.14Mulané padha ndedonga karonyuwara sora, "Dhuh Pangéran, kawulamugi sampun ngantos Paduka ukumpejah mergi saking nyawanipun tiyangmenika, awit kedadosan menika

Page 1408: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YUNUS 1.15–2.3 4

sedaya pinangkanipun saking Padukapiyambak."15Sawisé mengkono Nabi Yunus nulidijunjung lan diuncalaké ing segara.Sanalika praharané banjur sirep.16Merga saka kaanan mau wong kabèhpadha wedi banget marang Pangéran,mula banjur padha nyaosaké kurban lanjanji arep ngabekti marang Pangéran.17Pangéran banjur nekakaké iwakgedhé; iwak mau nguntal Nabi Yunus.Nabi mau ana ing sajroning wetengéiwak kuwi lawasé telung dina telungbengi.

21Ana ing sajroning wetengé iwakmau Nabi Yunus ndedonga marang

Pangéran Allah mengkéné,2 "Ing salebeting kasangsaran kawulasesambat dhateng Paduka, dhuhAllah, sarta Paduka inggih nuntenparing wangsulan. Saking tengahingdonyanipun tiyang pejah kawula nyuwuntulung, lan Paduka inggih nuntenmiyarsakaken.3Kawula Paduka bucal dhatengpanggènan ingkang lebet, ngantosdumugi ing dhasaring seganten. Kawulakinepung ing toya, Paduka ndhatengaken

Page 1409: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YUNUS 2.4–8 5

alun lan ombak ageng, sami ngurugikawula.4Rumaos kawula: Kawula sampunkasingkiraken saking ngarsa Paduka,lan mboten badhé sumerep PedalemanPaduka malih.5Kawula sampun kleleb ing toya lanbadan kawula sekojur sampun telessedaya; kawula sampun kapendhemwonten ing seganten, lan sirah kawulasampun ginubed déning rumputseganten.6Kawula sampun ambles dumugiing dhasaripun gunung-gunung, lanmlebet ing negari ingkang gapuranipunkakancing ing selaminipun. NangingPaduka, dhuh Allah, sampun ngentaskawula saking tengahing seganten, milakawula gesang.7Nalika kawula kraos kados-kadosnyawa kawula sampun badhé ical, kawulalajeng ndedonga dhateng Paduka, dhuhAllah, lan saking Pedaleman Padukaingkang suci. Paduka miyarsakaken aturkawula.8Tiyang ingkang nyembah dhatengbrahala ingkang tanpa gina, menikasami nilar kasetyanipun dhateng Paduka.

Page 1410: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YUNUS 2.9–3.5 69Nanging kawula badhé memujingluhuraken asma Paduka. Padukabadhé kawula saosi kurban; sartakawula badhé ngluwari janji kawula.Keslametan kuwi asalé saka Pangéran!"10Pangéran banjur ndhawuhi iwakmau, lan Nabi Yunus diwutahaké ana ingdharatan.

31Gusti Allah banjur ngandika kapingpindhoné marang Nabi Yunus.

2Pangandikané, "Lungaa menyangNinewé, kutha gedhé kuwi lan wartaknapangandika sing wis Dakparingakémarang kowé."3Nabi Yunus ngèstokaké pangandikanéPangéran, banjur budhal menyangNinewé, kutha sing jembaré yèn ditrabaslakon telung dina.4Yunus banjur mlebu ing kutha mau, lansawisé mlaku sedina muput banjur wiwitmedhar pangandika, "Sajroné patangpuluh dina Ninewé bakal katumpes!"5Wong Ninewé ngandel karopangandikané Allah mau, mula padhamutusaké yèn saben wong kudu pasa;kabèh, gedhé cilik padha nganggo bagor,kanggo nélakaké yèn padha nlangsanidosa-dosané.

Page 1411: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YUNUS 3.6–10 76Bareng Sang Prabu ing Ninewé mirengbab mau kabèh, banjur tedhak sakadhamparé, nyopot jubahé, nuli ngagemageman bagor, sarta nglésod ana ingawu.7Panjenengané banjur ngutus utusanngumumaké marang wong Ninewékabèh mengkéné, "Iki dhawuhé SangPrabu lan para penggedhé abdiné: Ajaana wong sing mangan apa-apa; yasakèhé wong, ya sakèhé sapi lan wedhusaja padha mangan utawa ngombé.8Manungsa lan kéwan kudu padhanganggo bagor. Lan saben wong kudunyenyuwun temenan marang Pangéranlan kudu ninggal penggawéné sing ala.9Muga-muga merga saka mengkonoPangéran santun penggalihé, lanmurungaké kersané enggoné bakalnekakaké paukuman, sarta kita bakalpadha ora nemahi mati!"10Gusti Allah mirsani apa sing padhaditindakaké déning wong-wong Ninewémau, yakuwi enggoné padha marèninindakaké penggawé ala. MulanéPanjenengané santun penggalihé, orasida mbendoni wong Ninewé, kaya singwis didhawuhaké.

Page 1412: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YUNUS 4.1–6 8

41Nabi Yunus ora seneng banget karolelakon mau, mula banjur nepsu.

2Sarta banjur ndedonga, unjuké,"Dhuh Pangéran, sadèrèngipun bidhalsaking griya, kawula rak sampun matur,bilih Paduka mesthi badhé tumindakmekaten? Pramila kawula badhé mlajengdhateng Spanyol! Kawula mangertosbilih Paduka menika Allah ingkang sipatmirah lan asih-mirma, sabar, welasan,sarta tansah kersa santun penggalih lanmboten lajeng ngukum.3Sarèhné mekaten, dhuh Allah,kawula aluwung kapundhuta kémawon.Langkung saé pejah, ketimbang gesang."4Paring wangsulané Pangéran,"Enggonmu nepsu kuwi apa maton?"5Nabi Yunus banjur metu saka kuthakono, lunga menyang sawétané kutha,banjur lungguh. Ana ing kono Yunusgawé gubug kanggo ngéyub, ngirasngentèni kepriyé bakal kedadéané kuthaNinewé.6Pangéran banjur nukulaké wit singdhuwuré ngungkuli sirahé Yunus, supayanabi mau ora kepanasen, lan bisalungguh ing kono kanthi senenging

Page 1413: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

YUNUS 4.7–11 9

atiné. Nabi Yunus bungah banget mergawit mau.7Nanging ésuké, nalika srengéngé arepmlethèk Gusti Allah dhawuh marang ulerngrikiti wit mau, nganti wité banjur mati.8Bareng srengéngéné wis dhuwurGusti Allah nekakaké angin panas sakaWétan, nganti Nabi Yunus mèh semaput,merga sirahé kepanasen. MulanéYunus kepéngin énggala kapundhutwaé. Kandhané, "Aku luwih becik matiketimbang urip."9Nanging Gusti Allah ngandika marangYunus, "Enggonmu nepsu marang witkuwi apa wis maton?" Unjuké Yunus,"Sampun; cekakipun cekap kanggéalasan nglampahi pejah!"10Pangandikané Pangéran marangYunus, "Wit kuwi thukul sajroning wektusewengi lan ésuké mati. Wit mau rak orakokkapak-kapakaké lan rak dudu kowésing nggedhèkaké — éwasemono kowénggetuni matiné wit mau.11Luwih menèh kutha Ninewé kanggonéAku. Apa kutha gedhé kuwi ora kuduDakéman. Ing kutha mau bocahécilik waé cacahé 120.000, durungkéwan-kéwané sing iya akèh cacahé?"

Page 1414: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

Mikha

11Nalika jamané Yotam, Ahas lanHizkia jumeneng raja ing Yéhuda,

Pangéran paring pangandika marangNabi Mikha. Nabi Mikha kuwi asalé sakakutha Morèsyèt. Pangéran medharaképrekara-prekara iki kabèh marang Mikhabab Samaria lan Yérusalèm.2Hé para bangsa, padha rungokna; hésakèhé wong sing manggon ing bumi,rungokna! Pangéran Kang Mahakwasadadi seksi kanggoné kowé. Rungokna!Panjenengané ngandika saka Papan Suciing swarga.3Pangéran rawuh saka PedalemanéKang Suci; Panjenengané bakalrawuh lan tindak ngambah pucakinggunung-gunung.4Gunung-gunung banjur bakal lèlèhkaya malam ana ing geni; banjur mili inglembah-lembah, kaya banyu kaesokakésaka punthuk-punthuk.5Kuwi kabèh bakal klakon merga umatIsraèl wis gawé dosa lan nglawan marangAllah. Yèn Israèl nglawan kuwi salahé

Page 1415: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MIKHA 1.6–8 2

sapa? Samaria, kutha krajané Israèldhéwé! Sapa sing salah, yèn Yéhudanyembah brahala? Kuwi Yérusalèmdhéwé!6Mulané Pangéran ngandika, "Samariabakal Dakdadèkaké jugrugan ana ingara-ara, panggonané wong nanduranggur. Jugrugané kutha bakalDakbuwang menyang lembah, lanpondhasiné bakal Dakelèr.7Brahala-brahalané sing larang reganébakal Dakgawé ajur-mumur, lan sakèhéopahané laku nylèwèng karo para sundeling papan sing suci bakal Dakobong,sarta sakèhé reca ukir-ukiran bakal dadiuwuh ngundhung-undhung. Samariamigunakaké barang-barang kanggosesaji marang déwané kasuburan, lansaiki para mungsuhé bakal ngusungibarang-barang mau digawa lungakanggo sesaji ing liya panggonan."8Nabi Mikha banjur ngandika, "Mergasaka kuwi mau kabèh aku sedhihlan sesambat. Minangka pretandhaenggonku nandhang sedhih, aku bakalmlaku tanpa trumpah lan sandhangan.Aku arep mbaung kaya asu ajag lannangis kaya manuk unta.

Page 1416: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MIKHA 1.9–14 39Tatuné Samaria wis ora kenaditambani, lan Yéhuda iya bakalnandhang sangsara kaya mengkono.Karusakan wis tekan gapuranéYérusalèm, panggonané bangsaku."10Mungsuh kita ing Gat aja dikandhaniyèn kita wis mèh kalah; aja nganti katonyèn kowé nangis. Wong Bèt-Le-Afra,padha nglosoda ana ing lebu!11Hé wong Safir, lungaa menyangpembuwangan tanpa sandhangan karonandhang wirang. Wong Zaaman orawani metu saka kuthané. Menawakrungu tangisé wong Bèt-Haézel, kuwitandhané yèn kowé ora kena ngungsimrana.12Wong Marot padha ngarep-arepbanget anaa pitulungan, mergaPangéran wis nekakaké karusakan,mangka kuwi wis saya cedhak karoYérusalèm.13Hé wong sing padha manggoning Lakhis, jaran-jaran padha rakitnaing kréta-krétaning perang. Kowé wisniru dosané Israèl, nganti marakakéYérusalèm iya gawé dosa.14Saikiné, hé wong-wong Yéhuda,kowé padha pamita karo kutha-kutha

Page 1417: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MIKHA 1.15–2.3 4

Morèsyèt-Gat. Ratuné Israèl bakal oraolèh pitulungan saka kutha Akhzib.15Hé wong Marésya, kowé bakalkaulungaké déning Pangéran marangmungsuh, sing bakal nelukakékuthamu. Para penggedhéné Israèl singhébat-hébat bakal padha ndhelik ingguwa-guwa Adulam.16Hé wong Yéhuda, cukuren rambutmulan nangisana anak-anakmu singkoktresnani. Dadia gundhul kaya manukgarudha, merga anak-anakmu bakalkaboyong menyang pembuwangan.

21Saiba cilakané wong sing karo turonngrancang-ngrancang piala! Bareng

wis ésuk rancangan-rancangan mausamasa ana wektu sing dianggep becikbanjur ditindakaké.2Yèn kepéngin nduwèni palemahan,banjur ngrebut. Yèn kepéngin dhuwèniomah, banjur nyrobot. Ora ana wong,brayat lan barang-darbèké sing aman.3Mulané Pangéran ngandika, "Akungrancang nekakaké paukuman marangkowé, lan kowé ora bakal bisa ngoncati.Kowé bakal nampa karubedan, ngantikowé wis ora bisa angkuh menèh.

Page 1418: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MIKHA 2.4–8 54 Ing dina kuwi wong-wong bakal padhanyritakaké lelakonmu kanggo pepéling,lan padha ngucapaké unèn-unèn babwong sing semplah kaya kowé: ‘Kitawis bangkrut babar-pisan! Gusti Allahwis mundhut palemahan kita, landiparingaké marang wong sing nggawakita menyang pembuwangan.’"5Mulané yèn wis tekan titi-mangsanépalemahan kabalèkaké marang umatéAllah, kowé bakal ora klebu wong singnampa panduman.6Wong padha ngandhani aku, "Ajamedhar wangsit menèh. Aja medharwangsit bab kuwi. Allah ora bakal gawéwirang marang kita.7Apa kokkira wong Israèl diukumdéning Allah? Apa kokkira Gusti Allahwis entèk sabaré? Apa Gusti Allah téganindakaké sing mengkono kuwi? ApaPanjenengané ora gawé becik marangsaben wong sing bener lakuné?"8Gusti Allah paring wangsulanmengkéné, "Umat-Ku kokserang kayamungsuh. Wong padha bali saka perang,ngira yèn ana ing omah aman. Jebulkowé wis ngadhang wong mau, banjurkokrampog jubahé saka gegeré.

Page 1419: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MIKHA 2.9–13 69Para umat-Ku wadon kokgiring metusaka omah sing disenengi, lan anak-anaké kokrampog, mula padha kélanganberkah peparing-Ku ing selawasé.10Ngadega lan mangkata. Ing kénéwis ora aman menèh. Merga sakadosa-dosamu, panggonan iki wis dadipapaning karusakan.11Wong-wong iki sing disenengi nabi-nabi sing dhemen ngapusi lan nasaraké,sarta kandha, ‘Aku medhar wangsit:kowé bakal ora kekurangan anggur lanombèn-ombèn sing énak-énak.’"12Pangandikané Allah menèhmengkéné, "Nanging kowé bakal padhaDakklumpukaké dadi siji, iya sakèhékekarèné Israèl. Kowé bakal Dakulihakékaya wedhus sing bali menyangkandhangé. Kaya pangonan sing kebakwedhus, kaya mengkono tanahmu bakalkebak wong menèh.13Gusti Allah bakal mbikak dalanésarta ngirid wong-wong mau metu sakapembuwangan. Bakal padha gemrudugmetu saka gapuraning kutha, dadi wongmerdika. Ratuné, yakuwi Gusti Allahpiyambak, bakal ngirid wong-wong maumetu saka papan kono."

Page 1420: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MIKHA 3.1–6 7

31Hé para penggedhéné Israèl,rungokna! Kowé kuduné nggatèkaké

keadilan.2Éwasemono kowé padha sengitmarang kabecikan lan tresna marangpiala. Umat-Ku padha kokkelèti kulitélan dagingé kokbesèti saka balungé.3Umat-Ku padha kokpangan. Kulitépadha kokbesèt, balungé koktugel-tugel,nuli kokiris-iris kaya daging singkoklebokaké ing kwali.4Bakal tekan mangsané kowé padhasambat-sambat marang Pangéran,nanging ora diwangsuli. Panjenenganébakal ora miyarsakaké marangpandongamu, merga kowé wis padhanglakoni piala.5Umat-Ku padha disasaraké déningnabi-nabi sing njanjèkaké katentremanmarang wong sing ngopahi, lan ngancamperang karo wong sing ora ngopahi.Marang nabi-nabi sing mengkono mauPangéran ngandika,6 "Hé para nabi, riwayatmu wis mèhtamat. Srengéngéné wis angslupkanggoné kowé. Merga kowé wis padhanasaraké umat-Ku. Kowé wis ora bakal

Page 1421: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MIKHA 3.7–11 8

nampa wahyu menèh, lan ora bisamedharaké apa-apa."7Wong sing ngramal apa sing bakalkelakon, bakal padha kisinan mergaramalané ora kelakon. Mulané nabi-nabimau bakal kaasoraké, merga Gusti Allahora kersa paring wangsulan marangwong mau.8Nanging mungguh ing aku, Pangéranwis ngebaki aku srana Roh lanpangwasané lan maringi aku rasakeadilan lan kekendelan melèhaké wongIsraèl bab dosa-dosané.9Padha ngrungokna tembungku, hépara penggedhéné umat Israèl, ya kowésing padha sengit karo keadilan lannggawé barang lenceng dadi béngkong.10Kowé mbangun Yérusalèm, kuthanéAllah, kokdhasari pepati lan panganiaya.11Para penggedhé enggoné ngerèhrakyat supaya olèh beselan. Mengkonouga para imam padha mulang bab Torètmerga dibayar. Para nabi padha medharwangsit merga nampa dhuwit. Lan wongkabèh padha ngaku yèn Gusti Allahnunggil karo wong mau. Padha muni,"Kita ora bakal kena paukuman, mergaAllah nunggil karo kita."

Page 1422: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MIKHA 3.12–4.3 912Mulané, ya merga saka kowé, Sionbakal diluku kaya tegalan lan Yérusalèmdidadèkaké jugrugan, sarta PedalemanéAllah bakal dadi alas.

41Mbésuk gunung sing didegiPedalemané Allah kuwi bakal

dadi dhuwur dhéwé ketimbang karogunung-gunung liyané. Bangsa-bangsabakal padha gemrudug mrono.2Wong-wong mau bakal padhakandha mengkéné, "Ayo padhamunggah menyang gunungé Pangéran,menyang Pasucèné Allahé Israèl. SebabPanjenengané bakal nedahaké babkersané sing kudu kita lakoni. Supayakita padha mlakua ana ing lurung-lurungsing dipilih kanggo kita. Merga sakaYérusalèm bakal ana pituduh; lan sakaSion Pangéran bakal ngandika marangkita."3Panjenengané bakal ngadili parabangsa, lan jumeneng dadi wasittumraping bangsa-bangsa sing gedhé,sing manggoné cedhak utawa adoh.Pedhang-pedhangé bakal padhadigemblèng dadi kajèna lan tumbak-tumbaké dadi arit. Para bangsa ora bakal

akajèn: landheping luku.

Page 1423: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MIKHA 4.4–8 10

padha perang menèh, lan wong-wongbakal padha ora nganakaké latihanperang.4Angger wong bakal urip kanthitentrem, ngadhepi kebon anggur lankeboné anjir dhéwé-dhéwé, sarta oraana prekara sing diwedèni. Pangéran,Allah Kang Mahakwasa sing janjimengkono.5Saben bangsa ing bumi iki nyembahlan ngabekti marang déwané. Nangingkita bakal ngabekti marang Pangéran,Allah kita ing salawasé.6Pangandikané Pangéran, "Dinanéwis cedhak, Aku bakal nglumpukakéwong-wong sing Dakukum dadi siji,yakuwi sing padha nandhang sangsaraana ing pembuwangan.7Wong mau padha pincang, mangkaadoh saka tanahé. Nanging kekarènéwong-wong mau bakal Dakbangun dadibangsa anyar sing gedhé. Aku, PangéranAllahé, bakal jumeneng dadi ratuné anaing Gunung Sion, wiwit saiki nganti ingselawas-lawasé."8Lan saka kutha Yérusalèm, Gusti Allahbakal ngreksa umaté kaya pangon,

Page 1424: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MIKHA 4.9–13 11

sebab Yérusalèm bakal bali dadi kuthakrajanmu menèh.9Yagéné kowé sesambat seru? Yagénékowé nglarani kaya wong wadon singarep babaran? Apa merga kowé padhaora duwé ratu, lan para penggedhémupadha mati?10Hé wong Yérusalèm, padhasesambata lan ngadhuh-adhuha kayawong wadon sing arep babaran,sebab saiki kowé kudu metu saka kuthamenyang pedésan. Kowé bakal kaboyongmenyang tanah Babil, nanging ana ingkana Pangéran bakal ngluwari kowé sakatangané para mungsuhmu.11Akèh bangsa padha nglumpuk arepnyerang kowé, kandhané, "Yérusalèmkudu diremuk! Kutha kuwi dadèknajugrugan!"12Nanging bangsa-bangsa iki ora padhangerti sing dadi rancangané Allah. Orapadha ngerti yèn enggoné kaklumpukakédadi siji kuwi merga arep ditumpes,kaya gandum sing diklumpukaké ana ingpenggilingan.13Pangandikané Pangéran mengkéné,"Hé wong Yérusalèm, padha metua,tumpesen mungsuh-mungsuhmu! Kowé

Page 1425: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MIKHA 5.1–4 12

bakal Dakgawé rosa kaya sapi lanangsing sunguné wesi, lan sirahé kayatembaga. Mula kowé bakal ngremukbangsa akèh, lan raja-brana akèh sakaenggoné njarah-rayah bakal koksaosakémarang Aku, Pangérané langit lan bumi."

51 (4-14) Hé wong Yérusalèm,nyuwuna pitulungan marang

Pangéran! Kita padha dikepung! Wong-wong kuwi padha nyerang pemimpinéIsraèl!2 (5-1) Pangandikané Pangéran, "HéBètléhèm Éfrata, kowé kuwi kutha ciliking tanah Yéhuda, nanging saka konoAku bakal nekakaké ratu kanggo Israèl,sing sarasilahé kawiwitan ing jamankuna mula."3 (5-2) Mulané Pangéran bakalnégakaké umaté dijajah déningmungsuh-mungsuhé nganti tekanwektuné wong wadon sing pinesthinglairaké calon-ratu mau wis klakonmbabar putrané kakung. Sawisémengkono kekarèné seduluré sing anaing pembuwangan bakal padha balinunggal karo umaté dhéwé.4 (5-3) Sang Ratu mau samasarawuh bakal ngerèh rakyaté nganggo

Page 1426: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MIKHA 5.5–8 13

pangwasané Pangéran lan kalawankaluhurané Allah piyambak. Umatkagungané bakal manggon kanthitentrem, merga wong ing salumahingbumi padha ngakoni kaluhurané SangPrabu, lan Panjenengané bakal nekakakékatentreman.5 (5-4) Samasa Asyur nyerbu negarakita lan mbedhah témbok kita, kitabakal nekakaké prejurit-prejurit pilihannanggulangi mungsuh mau. Asyur banjurbakal ditelukaké nganggo pedhang, lansaterusé njaga supaya aja nganti negarakita kena diserbu déning Asyur menèh.6 (5-5) (5:5)7 (5-6) Kekarèné Israèl sing isih uripbakal kautus déning Pangéran kayaebun sing nyegeraké bangsa akèh,kaya udan sing nyiram tanduran. Israèlbakal ngendelaké marang Pangéran, oramarang manungsa.8 (5-7) Kekarèné bangsa-bangsa singisih urip bakal kaya singa golèk panganana ing alas-alas lan ing pangonan;yèn wis mlebu, banjur nubruki lanwedhusé disempal-sempal, mula ora anapengarep-arep bisa oncat.

Page 1427: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MIKHA 5.9–6.1 149 (5-8) Israèl bakal nelukaké mungsuh-mungsuhé sarta disirnakaké.10 (5-9) Pangandikané Pangéranmengkéné, "Ing wektu kuwi jaran-jaranmu lan krétamu perang bakalDakpundhut lan Daksirnakaké.11 (5-10) Kutha-kutha ing negaramubakal Daksirnakaké lan bètèng-bètèngmu Dakbubrahi.12 (5-11) Japa mantramu lan jimat-jimat bakal Daksirnakaké; kowé bakalora ngendelaké ramalané nujum utawatukang ramal.13 (5-12) Recamu ukir-ukiran lantugu-tugumu suci bakal Dakgempur,sarta kowé bakal ora nyembah brahalagawéané tanganmu dhéwé.14 (5-13) Reca-recané Déwa Asyéraing tanahmu bakal Dakrubuhaké lankutha-kuthamu bakal Daktumpes tapis.15 (5-14) Aku bakal males sakèhingbangsa sing padha ora ngèstokakédhawuh-Ku nganggo paukuman."

61Rungokna gugatané Pangérankanggo Israèl. Dhuh Pangéran,

mugi kersa jumeneng lan ngajengakengugatan Paduka kanggé Israèl, supados

Page 1428: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MIKHA 6.2–7 15

gunung-gunung lan punthuk-punthuksami mireng.2Hé gunung-gunung, pondhasinébumi sing langgeng, padha ngrungoknagugatané Pangéran! Pangéran nggugatumaté, lan mrekarakaké Israèl.3Pangandikané Pangéran, "Umat-Ku!Aku wis nindakaké apa kanggo kowé?Apa aku ngebot-eboti kowé? Ngunjuknawangsulan.4Kowé Dakirid metu saka tanah Mesir,kowé Dakluwari saka enggonmu dadibatur-tukon. Aku ngutus Musa, Harunlan Miryam nuntun kowé.5Élinga marang apa sing dirancangdéning Balak raja ing Moab kanggo kowé,lan wangsulané Biléam bin Béor. Élingamarang lelakon wiwit saka Lebak Sitimtekan Gilgal, supaya kowé ngakonanapendamel-pendamelé Pangéran kanggonylametaké kowé."6Aku nyaosi apa marang Pangéran,Allah ing langit lan bumi, samasa akusowan sujud marang Panjenengané? Apapedhèt sing becik dhéwé kanggo kurbanobongan konjuk marang Panjenengané?7Apa Pangéran rena penggalihé yènaku nyaosaké wedhus éwon lan lenga

Page 1429: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MIKHA 6.8–14 16

zaitun sing mili kaya kali? Apa arepdakcaosi kurban anakku sing mbarep,minangka panebusing dosa-dosaku?8Ora! Pangéran wis ngandika apasing becik kagem Panjenengané.Pepundhutané marang kita kuwimengkéné: penggawé sing adil,nandukaké katresnan lan andhap-asoring pesrawungan karo Panjenengané.9Pangabekti marang Pangéran kuwikawicaksanan sing sejati. Panjenenganéngandika marang wong sing padhamanggon ing kutha, "Rungokna, hé kowésing padha manggon ana ing kutha!10 Ing omahé wong ala ana tumpukanraja-brana sing asalé saka tumindakala. Wong-wong mau padha migunakakéukuran lan takeran palsu sing bangetDaksengiti.11Aku rak ora bisa ngapura wong singpadha migunakaké timbangan palsuutawa bandhul timbangan sing goroh?12Hé, kowé wong sugih sing padhadhemen ngapusi.13Merga saka dosa-dosamu kowé wiwitsaiki Dakajar.14Kowé bakal mangan, nanging orakrasa wareg, lan pancèn, kowé bakal

Page 1430: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MIKHA 6.15–7.2 17

tansah krasa luwé. Kowé bakal njupukibarang rupa-rupa, nanging ora bisanyimpen. Apa sing koksimpen mau bakalDaksirnakaké ing peprangan.15Kowé bakal nyebar gandum, nangingora bakal ngenèni. Kowé bakal mipitlenga saka woh zaitun, nanging ora bisamigunakaké. Kowé bakal gawé anggur,nanging ora ngombé.16Kuwi kabèh bakal kelakon, mergakowé wis padha nganut prenatan alasing ditetepaké déning Raja Omri lanRaja Ahab, anaké. Kowé padha nerusakénetepi prenatan-prenatan mau, mulanékowé bakal Daktumpes, nganti kowébakal dadi poyokané saben wong.Lan anaa ing ngendi waé kowé bakaldianggep wong sing ora kanggo."

71Cilaka temenan! Aku kaya wongkaliren sing golèk woh-wohan sing

kari ana wit anggur, nanging ora nemuapa-apa. Sakèhé woh anggur lan wohara wis entèk diundhuhi kabèh.2 Ing tanah kéné wongé mursid wisentèk, wis ora ana wong sing setyamarang Allah. Angger wong ngentèniwektu bisané matèni pepadhané. Siji

Page 1431: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MIKHA 7.3–7 18

lan sijiné padha gentèn ngarah patinéseduluré dhéwé.3Padha ahli nindakaké piala. Penggedhélan hakim padha ngarah besel. Parapenggedhé gawé putusan manut karepédhéwé lan gawé rancangan bebarengan.4Senajan wong sing dianggep becik lanjujur dhéwé ing antarané wong-wongmau, kuwi ora ana ajiné, ora bédakaya grumbul lateng.b Wis tekanwektuné wong-wong mau padha diukumdéning Pangéran, kaya pepéling singdiwedharaké déning para nabiné.Wong-wong mau banjur padha bingung.5Aja padha ngandel karo tanggamu,lan aja precaya karo kanca. Enggonmucaturan sing ngati-ati, senajan karobojomu dhéwé.6 Ing wektu kuwi anak lanang bakalnganggep bapakné wong bodho, anakwadon bakal nglawan ibuné, lan mantuwadon nglawan ibuné mara tuwa; singdadi mungsuh yakuwi wong-wong singtunggal saomah.7Nanging pengarep-arep kitamarang Gusti Allah kanthi yakin, yènPanjenengané bakal midhangetaké

blateng: tetuwuhan ronipun nggateli.

Page 1432: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MIKHA 7.8–11 19

pandonga kita sarta bakal nylametakékita.8Para mungsuh kita aja nganti senengndeleng kita nandhang sangsara. Kitapancèn wis padha tiba, nanging banjurtangi menèh. Saiki kita padha anaing pepeteng, nanging Pangéran bakalparing pepadhang marang kita.9Kita wis padha gawé dosa marangPangéran, mulané ing sawetara wektukita kudu ngrasakaké paukumané.Nanging wekasané Panjenengané bakalngampingi kita. Panjenengané bakalnuntun kita menyang pepadhang; kitabakal padha urip lan nyipati pitulunganéAllah marang kita.10 Ing kono para mungsuh kita bakalpadha kwirangan — yakuwi wong-wongsing biyèn padha memoyok, "Ana ingngendi Pangéran, Allahmu?" Kita bakalnyipati ambruké wong-wong mau,enggoné diidak-idak kaya blethok anaing dalan.11Hé wong Yérusalèm, wis tekan titi-mangsané mbangun témbok-témbokmu.Ing wektu kuwi daérahmu bakalkajembaraké.

Page 1433: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MIKHA 7.12–16 2012Wong-wongmu bakal padha balimenèh, saka ngendi-endi. Saka Asyuring Wétan, saka Mesir ing Kidul, sakadaérah Éfrat, saka segara-segara langunung-gunung sing adoh.13Nanging bumi bakal dadi cengkarmerga saka pialané wong-wong singpadha manggon ing kono.14Dhuh Pangéran, mugi kersa ngengènumat Paduka, inggih umat pilihanPaduka piyambak. Senajan samimanggèn pating prenca wonten ingara-ara samun, selaminipun badhémanggih siti ingkang subur ing sakiwa-tengenipun. Sami kagiringa dhatengpangènan ing Basan lan ing Giléadingkang kathah rumputipun, supadossami saged nedha tuwuk, kados ingjaman rumiyin.15Dhuh Pangéran, mugi Padukangetingalaken kaélokan-kaélokandhateng kawula kados ing jamanipunPaduka ngirid kawula medal sakingtanah Mesir.16Bangsa-bangsa badhé sami sumerepsarta sami kisinan, senajan sami gadhahkekiyatan ageng. Tiyang-tiyang wau

Page 1434: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MIKHA 7.17–20 21

badhé semplah manahipun lan saminutupi cangkem lan kupingipun.17Sami badhé glimpangan wonten ingsiti kados sawer, sarta sami medal sakingbètèng-bètèngipun, kalayan ajrih langemeter. Tiyang-tiyang wau badhé samimratobat dhateng Pangéran, Allah kita.18Dhuh Allah, mboten wonten Allahingkang kados Paduka. Paduka paringpangapunten dhateng dosa-dosanipunumat Paduka, ingkang taksih gesang.Mboten selaminipun Paduka mbendoni,malah Paduka rena nandukakensih-kamirahan dhateng umat Paduka.19Paduka badhé melasi kawula sepisanmalih. Dosa-dosa kawula badhé Padukaidak-idak lan Paduka bucal ing tengahingseganten!20Paduka badhé ngetingalaken sihPaduka ingkang langgeng dhateng umatPaduka, anak-turunipun Abraham lanYakub, kados ingkang sampun Padukajanjèkaken kalayan supaos wiwit ingjaman kina!

Page 1435: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

Nahum

11 Iki pangandikané Pangéran babNinewé, sing kawangsitaké marang

Nabi Nahum, wong Èlkosy.2Pangéran Allah kuwi ora kersaditandhingi; sapa sing nglawanPanjenengané mesthi diukum, sartadiwales srana paukumané.3Gusti Allah ora gampang duka,nanging mahakwasa lan wong singkaluputan ora bakal bébas saka ingpaukuman. Samasa Pangéran miyos,ing kono bakal ana prahara; mendhung,kuwi lebuning sampéyané!4Atas saka dhawuhé, segara dadigaring! Kali-kali dadi asat, pangonan-pangonan ing Basan padha alum.Gunung Karmèl rupané dadi soklat, lankembang-kembang ing Libanon dadialum.5Lindhu ing pegunungan kuwi nélakakéyèn Pangéran ana ing kono; punthuk-punthuk padha lèlèh ing ngarsané.Buminé geter samasa Pangéran rawuhing kono; bumi sarta sakèhé wong sing

Page 1436: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

NAHUM 1.6–12 2

manggon ing kono padha ketaman inggiris.6Yèn Pangéran duka, sapa sing bisalestari urip? Sapa sing tahan nadhahibebenduné sing nggegirisi? Paukumanésing mulad-mulad diesokaké, gunungkarang nganti padha jugrug.7Pangéran kuwi becik, asih lan welasan;wong mursid padha direksa ing mangsakarubedan; wong sing mratobat lanbali menyang Panjenengané padhadigematèni.8Para mungsuhé ditumpes tapis kayakéntir ing banjir bandhang. Wong singnglawan Panjenengané dijabut nyawané.9Apa kowé ngrancang nindakaké pialamarang Pangéran? Kowé bakal ditumpesdéning Panjenengané! Ora ana wongsing nglawan Panjenengané senajanmung sepisan, isih lestari urip.10Kaya eri bebundhetan lan damèngaring, mengkono enggonmu bakalkaobong nganti sirna.11Ana wong teka saka Ninewé,sing ngrancang arep nindakaké pialarupa-rupa marang Pangéran.12Pangéran banjur ngandika mengkénémarang umaté, "Senajan wong Asyur

Page 1437: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

NAHUM 1.13–2.1 3

kuwi gedhé pangwasané lan akèhcacahé, éwasemono bakal katumpessirna babar-pisan. Hé umat-Ku, kowé wisDakgawé sangsara, nanging ora bakalDakpindhoni menèh.13Aku bakal mungkasi pangwasanéAsyur enggoné njajah kowé, lan medhotblenggu sing mbanda kowé."14Mengkéné dhawuhé Pangéran tumrapAsyur, "Asyur bakal ora duwé turunsing nganggo jenengé dhéwé. Recanéukir-ukiran sing ana ing kuil-kuilé, Akubakal nyawisaké kuburané, merga wongAsyur ora pantes lestari urip!"15Delengen, ana utusan teka medhunsaka pegunungan, nggawa kabar singbecik! Tekané wong mau martakakékemenangan! Wong-wong ing Yéhuda,padha nganakna kraméan lan luwaranajanjimu karo Pangéran. Wong-wongala kuwi bakal ora ngenggoni tanahmumenèh, merga wis padha tumpes tapis!

21Ninewé, kowé saiki lagi diserang!Kekuwatan sing arep ngrusak kowé

wis teka! Bètèng-bètèngmu sèlèhanawong jaga! Jaganen dalan-dalanmu!Tata-tataa ngadhepi peprangan!

Page 1438: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

NAHUM 2.2–8 42 (Pangéran wis cepak-cepak arepmbangun kaluhurané Israèlmenèh,kadadèkaké kaya biyèn sadurungédirampog déning mungsuh.)3Tentarané mungsuh padha nggawatamèng abang, lan nganggo pakéanseragam abang. Wis padha samektaarep nyerang! Kréta-krétané perangmengkilat kaya geni! Jaran-jarané padhaselak ora sabar!4Krétané perang padha mbalapbolak-balik ing dalan-dalan menyangalun-alun, abyor kaya obor lan gesitkaya thathit.5Para perwira wis padha diabani;nanging bareng maju padha kesandhung.Énggal-énggal padha nyerbu bètèng,banjur masang piranti sing kanggonjebol gapura.6Lawanging gapura sing cedhak kali wisjebol; wong-wong ing kedhaton padhagiris.7Sang pramèswari dicekel kadadèkakétawanan; para abdiné wadon padhasesambat kaya manuk dara, karotebah-tebah dhadha merga saka susahé.8Kaya carané banyu saka bendungansing jebol wong padha gemrudug metu

Page 1439: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

NAHUM 2.9–13 5

saka Ninewé! Ana swara sing bengok-bengok, "Mandhega! Mandhega!"Nanging ora ana sing mandheg lan bali.9Padha ngrayaha slaka! Padhangrayaha emas! Kutha iki kebakraja-brana!10Ninewé wis dadi gempuran, suwunglan sepi mamring! Atiné wong sakawediné presasat lèlèh; dhengkul-dhengkul padha gemeter. Kekuwatan wisilang babar-pisan, wong kabèh padhapucet tanpa cahya.11Ninewé wis ora katon kutha, malahwis kaya guwa panggonané singa!Panggonané singa enom padha disusoni;senajan singa lanang lan singa wadonpadha lunga, anak-anaké ditinggal,éwasemono aman.12Singané olèh mangsan, banjurdisempal-sempal, diwènèhaké marangsing wadon lan anak-anaké. Guwanédikebaki mangsan.13Pangéran Kang Mahakwasa ngandika,"Aku iki mungsuhmu. Kréta-krétamubakal Dakobong, tentaramu bakal matiing peprangan, lan barang-barangolèh-olèhané enggonmu nyolong sakawong liya, bakal Dakpundhut kabèh.

Page 1440: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

NAHUM 3.1–5 6

Pangwasamu ing jagad bakal ora kocapmenèh."

31Cilaka kutha sing isiné mung gorohlan gawé pati, kutha sing sugih

raja-brana kuwi bakal dijarah-rayahnganti gusis!2Rungokna cumethèring pecut, langemlèdhèging rodha, swaraning jaranmlayu sesanderan, lan kréta perangpating krengkot.3Serdhadhu jaranan padha nyerbu,pedhang-pedhang pating clèrèt,tumbak-tumbak pating clorot! Jisimtumpuk-undhung, wong mati nganti orakena diétung, marakaké wong padhakesandhung!4Ninewé, si sundel kuwi saiki nampapaukumané. Bangsa-bangsa biyènpadha kepéncut merga saka éndahingrupané sing nengsemaké, nangingbanjur didadèkaké batur-tukoné.5Pangéran kang mahasuci ngandika,"Hé, Ninewé, kowé bakal Dakukum!Kowé bakal Dakwudani, Dakdadèkakétontonané para bangsa, nganti kowébakal kwirangan.

Page 1441: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

NAHUM 3.6–12 76Kowé bakal Dakasoraké, lan badanmuDakebyuki kotoran. Wong bakal ndelengkowé karo giris.7Sing sapa weruh bakal mlayu lunga,karo kandha, ‘Saiki Ninewé wis dadijugrugan! Sapa sing isih senengnyawang? Sapa sing arep nglipur?’"8Ninewé, apa kowé luwih becikketimbang karo Tébé, kutha krajanMesir? Tébé iya ana kaliné kanggongayomi kaya témbok. Bengawan Nilkuwi dadi bètèngé.9Tébé kuwi ngerèh Sudan lan Mesir.Pangwasané tanpa wates. Libia dadikanca sekuthoné.10Éwasemono wong sing padhamanggon ing Tébé padha ditawan lansaiki manggon ana ing pembuwangan.Anak-anaké padha dipatèni ana ingprapatan-prapatan. Para penggedhénépadha dibanda déning para mungsuhé.11Ninewé, iya kowé bakal padhamendem lan tanpa daya! Kowé iya bakalpadha ngudi bisané oncat saka tanganémungsuhmu.12Nanging bètèng-bètèngmu bakalkaya wit anjir sing wohé wis tuwa. Yèn

Page 1442: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

NAHUM 3.13–17 8

wit mau dierog, wohé padha tiba pas ingcangkemé sing ngerog!13Tentara-tentaramu mau kaya wongwadon, lan negaramu presasat mengaana ing ngarepé mungsuhmu. Rujinélawanging gapura-gapuramu bakal entèkkobong dimangsa déning geni.14Padha nyepakna banyu, sebab kowébakal dikepung. Bètèng-bètèngmusentosakna! Padha ngidak-idaka lemahlempung kanggo gawé bata, banjurénggal-énggal cithaken!15Nanging senajan kaya apa polahmu,kowé bakal diobong urip-uripan ngantimati, utawa dipatèni ing peprangan.Kowé bakal kasapu resik, kaya gandumsing dimangsa déning walang. Enggonmutangkar-tumangkar kaya walang!16Wongmu sing laku dagang cacahéngluwihi cacahé lintang ing langit!Nanging saiki wis entèk sirna kabèh,kaya walang sing mabur lunga.17Para penggedhému kaya walanggegolongan sing padha ménclok témboking mangsa atis. Nanging barengsrengéngéné jumedhul banjur padhamabur lunga, lan ora ana wong singngerti menyang endi parané!

Page 1443: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

NAHUM 3.18–19 918Hé ratuné wong Asyur!Pepréntahanmu wis tamat, lanpara penggedhému wis padha turuselawas-lawasé! Wong-wongmu padhakasebar ing gunung-gunung, lan ora anasing bakal ngulihaké menèh.19Tatu-tatumu ora ana tambané, lanora bakal mari. Saben wong sing krungukabaré karusakanmu bakal padhakeplok-keplok saka bungahé, sebab oraana wong sing bisa ngoncati ambeksiyamu.

Page 1444: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

Habakuk

11Wangsité Pangéran singkaparingaké marang Nabi Habakuk

mengkéné,2 "Dhuh Pangéran, taksih pintendangunipun kawula kedah sesambatnyuwun pitulungan, supados Padukakersa miyarsakaken, lajeng ngluwarikawula saking panganiaya?3Menapa ginanipun Paduka nedahakenpiawon dhateng kawula? Kéngingmenapa Paduka kersa mirsani lanPaduka kèndelaken kémawon piawoningkang semanten agengipun?Pangrisak lan pangrodha-peksa ingkangngepung kawula, sarta ing pundi-pundiwontenipun namung congkrah lan tukarpaben kémawon.4Prenatan sampun mboten gadhahdaya kekiyatan, mila mboten wontenginanipun. Ingkang sami nindakakenpiawon kawontenanipun langkungsaé ketimbang kaliyan tiyang mursid,ngantos keadilan presasat kawalik."

Page 1445: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HABAKUK 1.5–10 25Pangéran nuli paring wangsulanmarang umaté mengkéné, "Padhanitènana bangsa-bangsa sing ana ingsakiwa-tengenmu, lan kowé bakal padhagumun. Aku bakal nindakaké prekarasing kowé mesthi ora ngandel.6Bangsa Babil sing ambek siya lantrengginas bakal Dakdamel gedhépangwasané. Nganti banjur padhandlajahi bumi nelukaké bangsa-bangsaliya.7 Ing ngendi-endi padha nekakaképagiris lan panganiaya, lan saka angkuhénganti nganggep yèn wong mau singwenang netepaké keadilan.8 Jaran-jarané luwih rikat ketimbangkaro macan tutul, luwih ambeksiya ketimbang karo asu ajag singluwé. Tentarané jaranan tekané sakapanggonan adoh, jarané nyakar-nyakarlemah. Tekané ngebyuk kaya garudhasing nyamber mangsané.9Tentarané padha nglurug, perangésaya maju nelukaké bangsa-bangsakanthi panganiaya, lan saben wong singditekani mesthi giris.10Para raja padha dipoyoki lan parapenggedhé padha digeguyu. Cacahé

Page 1446: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HABAKUK 1.11–13 3

wong sing ditawan akèhé presasatwedhiné segara. Ora ana bètèng singkeconggah nadhahi serangané. Sebabbètèngé diurugi lemah, banjur diserbu.11Panyerbuné kaya angin lésus,banjur lunga ngilang menèh. Kayamengkono wong-wong mau ngegungakékekuwatané."12Dhuh Pangéran, wiwit-wiwitanmila Paduka menika jumeneng Allah.Paduka menika Allah kawula, suci sahalanggeng, inggih Allah ingkang ngreksakawula. Paduka sampun milih bangsaBabil, kadamel kiyat, supados samisaged ngukum kawula.13Nanging kawula mboten mudhengdéné ing ngatasipun Paduka menikamahasuci, koktahan mirsani tiyang-tiyang ingkang seneng goroh lan damelpiawon menika? Ing ngatasipun paningalPaduka menika mahasuci, koktegelkèndel kémawon mirsani pendamel awoningkang semanten agengipun. Kéngingmenapa Paduka kèndel kémawonmenawi tiyang Babil sami mejahitiyang-tiyang ingkang langkung mursidketimbang kaliyan piyambakipun?

Page 1447: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HABAKUK 1.14–2.2 414Kadospundi déné Paduka matrapimanungsa kados dhateng ulam ingseganten utawi kados iber-iberangegolongan tanpa pepréntahan?15Tiyang Babil sami nyepeng tiyangmawi pancing kados nyepeng ulam,sami dipun klempakaken mawijaring, lajeng sami giyak-giyak margiangsal-angsalanipun njaring kathah!16Tiyang-tiyang menika sami nyembahjaring-jaringipun, sarta sami dipunsajèni, margi jaring-jaring waungangsalaken barang-barang ingkangageng pengaosipun.17Menapa tiyang Babil ing selaminipunbadhé migunakaken pedhangipun, sahaterus kémawon numpes bangsa-bangsakalayan ambek siya.

21Aku dakmunggah ingpangungakanku lan ngentèni

dhawuhé Pangéran minangkawangsulané pesambatku.2Pangéran paring wangsulanmengkéné, "Tulisen sing cetha ana ingpapan sing Dakparingaké marang kowé,supaya gampang diwaca déning sabenwong.

Page 1448: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HABAKUK 2.3–6 53Tulisen dhisik, sebab durung tekan titi-mangsané kelakon. Nanging kelakonébakal ora suwé menèh, lan apa singDaktedahaké marang kowé bakal énggalkelakon. Katoné kelakoné mau alon-alon,nanging entènana waé; sebab prekarakuwi mesthi bakal kelakon, ora diundurlan ora dibatalaké.4Wosing wangsit kuwi mengkéné,‘Wong ala bakal ora lestari urip, nangingwong mursid bakal urip merga sakaprecayané marang Allah.’"5Kasugihan kuwi kanggo ngakali. Wongsrakah kuwi angkuh lan ngangsa-angsa.Kaya pati iya ora wareg-wareg, yakuwisebabé enggoné ora lèrèn-lèrèn nelukakébangsa-bangsa. Rampung siji banjursijiné, padha didadèkaké kawulané landirèmèhaké.6Bangsa-bangsa sing ditelukaké maubakal padha moyoki bangsa Babil lanngétokaké enggoné ngrèmèhaké. Bakalpadha muni, "Kowé padha njupukibarang-barang sing dudu duwèkmu,mulané kowé bakal kena ing paukuman!Nganti pira lawasé enggonmu arepnyugihaké awakmu dhéwé srana meksa

Page 1449: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HABAKUK 2.7–10 6

wong-wong sing nggadhèkaké barangémarang kowé supaya nglunasi utangé?"7Nanging tanpa kanyana kowésing nelukaké bangsa-bangsa, bakalduwé utang dhéwé lan bakal kepeksambayar utangmu nganggo anakan singakèh. Kowé bakal ketekan mungsuh-mungsuh akèh, mula kowé bakalgemeter! Kuwi bakal padha ngrampogbarang-darbèkmu!8Kowé wis ngrampog bangsa pirang-pirang, saiki kekarèné bangsa-bangsamau sing isih padha urip, bakal gentènngrampog kowé, merga kowé wis matèniwong akèh lan merga saka tindakmusing ambek siya marang wong-wongsajagad lan marang kutha-kuthané.9Saiki kowé nampa paukuman! Sebabkowé wis nyugihaké brayatmu sranangrampog lan meksa, nanging omahmudhéwé arep kokgawé aman, luwar sakabebaya!10Nanging rancanganmu wis gawéwirang marang brayatmu. Kowéwis numpes bangsa akèh, mangkapenggawému kuwi nekakaké karusakanmarang kowé.

Page 1450: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HABAKUK 2.11–16 711Watu-watu ing bètèngmu padhanggugat kowé lan usuk-usuké omahmuiya padha sesambat.12Kowé wis tampa paukuman! Kowéwis ngedegaké kutha sing kokdhasaripanganiaya lan kokbangun nganggomatèni wong akèh.13Bangsa-bangsa sing koktelukaképadha nyambut-gawé ora ngétungsayah, lan apa sing padha dibangunmau wekasané mung dadi pakané geni.Pangéran Allah Kang Mahakwasa singnindakaké kuwi mau kabèh.14Nanging bumi bakal kebak kawruhbab kamulyané Pangéran, kaya dénésegara enggoné kebak banyu.15Kowé kena ing laknat! Sajroningnepsumu kowé wis gawé wirang marangwong-wong ing kiwa-tengenmu. Padhakokgawé sempoyongan kaya wongmendem.16Mulané kowé dhéwé bakal digawéwirang lan ora kajèn. Kowé dhéwébakal ngombé lan sempoyongan.Pangéran bakal paring kowé ngombésaka tuwungmu dhéwé, tuwungingpaukuman. Sarta kaurmatanmu bakaldiwalik dadi kanisthan.

Page 1451: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HABAKUK 2.17–20 817Kowé wis negori wit-witané alasLibanon, saiki kowé gentèn bakalkategor. Kéwan-kéwané padhakokpatèni, saiki kéwan-kéwan maubakal nekakaké pagiris marang kowé.Iki kabèh merga saka enggonmu gawépepati lan tumindakmu sing ambek siyamarang wong-wong ing bumi lan marangkutha-kuthané.18Brahala reca ukir-ukiran kuwi gunanéapa? Apa kuwi dudu gawéaning tanganémanungsa, lan kuwi kabèh apa oramung apus-apusan? Kuwi nekakakékabecikan apa kanggoné sing gawé lansing precaya? Allah sing nyuwara waéora bisa!19Mulané kowé kena ing laknat!Merga kowé wis kandha karo kayu,"Panjenengan mugi kersa wungu!" lankandha karo watu, "Panjenengan mugikersa wungu!" Apa reca ukir-ukiran maubisa medhar wangsit kanggo kowé?Pancèn reca-reca mau kablongsong ingemas lan slaka, nanging ing njeroné oraana rohé babar-pisan!20Nanging Pangéran lenggah ingPedalemané Kang Suci. Hé salumahingbumi, padha menenga ana ing ngarsané!

Page 1452: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HABAKUK 3.1–6 9

31Nabi Habakuk ndedonga, surasanémengkéné:

2 "Dhuh Allah, kawula sampunmireng bab pakaryan ingkang Padukatindakaken, ngantos manah kawulakepranan sanget. Pakaryan kaélokaning jaman kepengker menika mugiPaduka wontenaken malih ing jamansamenika. Ing salebeting duka, mugikersaa ngèngeti kanthi kawelasan!"3Gusti Allah rawuh menèh saka Édom.Kang Mahasuci rawuh menèh sakagunung-gunung ing Paran. Kamulyanénutupi sakèhé langit; lan bumi kebakpepujian kagem Panjenengané.4Rawuhé ngagem cahya kaya cahyaningkilat; pepadhang nylorot saka astané,sing ngregem pangwasa.5Pageblug ndhisiki tindaké lan pepatingiringaké ing wingkingé.6Menawa Panjengané mandheg, bumibanjur gonjing; para bangsa padhagemeter samasa dipandeng déningpaningalé. Gunung-gunung sing wisana wiwit kuna mula padha remuk, lanpunthuk-punthuk sing selawasé ora taugingsir saka panggonané padha ambles,

Page 1453: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HABAKUK 3.7–11 10

nalika Panjenengané dhèk jaman kunatindak miyos kono.7Aku weruh wong Kusyan padha wedi,lan wong Midian padha gemeter.8Menapa lèpèn-lèpèn menika ingkangndhatengaken paukuman Paduka, dhuhPangéran? Menapa seganten menikaingkang njalari Paduka duka? Padukanitih méga; mendhunging praharaPaduka titihi minangka kréta, nalikaPaduka ndhatengaken kemenangandhateng umat kagungan Paduka.9Gendhéwa Paduka sampun Padukapenthang, sampun Paduka pasangipanah. Bumi Paduka belah kranabledhèg.10Samasa ningali Paduka, gunung-gunung lajeng sami gemeter, toyalajeng gumrojog kados kaesokakensaking langit. Toya ing sangandhapipunbumi lajeng nyuwanten gemuruh, sartaombak-ombakipun mumbul ngantosinggil.11Nalika panah Paduka kalepasngedalaken sorot, sarta nalika tumbakPaduka cumlorot, surya lan rembulansami kèndel ing papanipun.

Page 1454: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HABAKUK 3.12–16 1112Kanthi duka Paduka tindak ndlajahibumi, para bangsa sami Paduka iles-ilesnandhang sangsara.13Paduka miyos prelu mitulungi umatPaduka, sarta milujengaken Ratu pilihanPaduka. Para pengagengipun tiyangduraka sami Paduka remuk, lan parapenganutipun Paduka awut-awut.14Panah-panah Paduka nembusdhadhané komandhanipun tentara,nalika sami dhateng ngebyuk kadosprahara ingkang badhé ngremuk kawula.Lan ing salebeting manah sami remenningali kasisahan kawula, kados tiyangingkang kalayan sidheman nindhestiyang miskin.15Seganten Paduka iles-iles mawikapal-kapal ingkang Paduka titihi,ngantos toyanipun ingkang ngédab-édabi menika nglumpuk.16Krungu swara kuwi mau kabèh akundhredheg, lambéku gemeter mergasaka wedi. Awakku sekojur lemes,lan sikilku théklok ora bisa ngadeg.Éwasemono aku arep ngentèni kanthiayem tekaning dina paukuman, singditekakaké déning Allah marang sakèhé

Page 1455: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HABAKUK 3.17–19 12

wong sing padha nyerang marangbangsaku.17Senajan wit anjir ora metokaké wohlan wit anggur semono uga, senajanwit zaitun ora ngasilaké lenga, sartapalemahan ora ngasilaké gandum,wedhus-wedhus ing kandhang padhamati, apa menèh kéwan ing kandhangwis entèk kabèh.18Aku meksa bakal surak-surak lanbungah-bungah, merga Pangéran kuwiAllah lan Juru Slametku.19Pangéran sing maringi kekuwatanmarang aku. Sikilku digawé kukuh kayasikiling menjangan, lan aku direksakeslametanku ana ing punthuk-punthuk.

Page 1456: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

Zefanya

11Wangsité Pangéran singkaparingaké marang Zéfanya

nalika Yosia bin Amon jumeneng raja ingYéhuda. (Nabi Zéfanya kuwi turuné SangPrabu Hizkia, Hizkia peputra Amarya,Amarya peputra Gedalya, Gedalyapeputra Kusy, Kusy peputra Zéfanya.)2Pangandikané Pangéran mengkéné,"Aku bakal nyingkiraké samubarang singana ing bumi,3 sakèhé manungsa lan kéwan, manuklan iwak. Aku bakal numpes sakèhéwong ala, numpes manungsa kabèh,nganti ora ana sing kliwatan. Mengkonopangandikané Pangéran.4Aku bakal ngukum wong Yérusalèmlan wong Yéhuda kabèh. Apa waé singana gepok-sénggolé karo Baal bakalDakgempur nganti tapis, semono ugasakèhé imamé Baal bakal Daksirnakaké,supaya jenengé ora diéling-éling menèh.5 Iya bakal Daktumpes sakèhé wongsing padha munggah ing payon lannyembah marang srengéngé, rembulan

Page 1457: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZEFANYA 1.6–10 2

lan lintang-lintang. Semono uga bakalDaktumpes wong sing padha ngabektimarang Aku lan setya marang Aku,nanging banjur iya wani sumpah atasjenengé Déwa Molokh.6Kejaba kuwi iya bakal Daktumpessakèhé wong sing padha nyingkur lanninggal Aku, yakuwi wong-wong singpadha ora ngabekti lan ora nyuwunpituduh marang Aku."7Dinané Pangéran wis cedhak; ingdina kuwi Pangéran bakal ndhawahaképaukumané; mulané padha menengaana ing ngarsané. Pangéran wis tata-tataarep nandangi umaté, kaya wongnyembelèh kéwan kanggo kurban.8Pangandikané, "Ing dinapanyembelèhan mau Aku bakalngukum para penggedhé, para putraraja, lan sakèhé wong sing nyembahbrahala manca.9Aku bakal ngukum sakèhé wong singngabekti manut carané wong kapir, singpadha nyolong lan mematèni supayabisa ngebaki omahé bendarané nganggobarang colongan."10Pangandikané Pangéran, "Ing dinakuwi kowé bakal krungu swarané

Page 1458: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZEFANYA 1.11–15 3

tangis ing Gapura Iwak ing Yérusalèm.Ing péranganing kutha anyar konokowé bakal krungu pesambat, lan inggunung-gunung bakal keprungu swaranépunthuk-punthuk sing padha jugrug.11Yèn kowé sing padha manggon ingpérangané kutha sing ngisor krungusambat lan tangis, ngertia yèn parasudagar wis padha mati kabèh!12 Ing dina kuwi Aku bakal mundhutlampu, banjur ngglédhah kuthaYérusalèm. Aku bakal ngukum wong singmarem karo uripé dhéwé, sing batinékandha, ‘Pangéran ora bakal ngaruhakéngéné utawa ngono.’13Bandhané bakal dijarah-rayah lanomahé digempur dadi jugrugan. Bakalora ngenggoni omah sing dibangun, lanngombé anggur saka kebon anggur singdigarap."14Dinané Pangéran wis cedhak, malahwis cedhak banget lan tekané kanthirerikatan! Dina mau bakal nekakakékasusahan akèh, sarta para serdhadhusing kendel pisan bakal padha nangissaka semplahing atiné!15Dina kuwi dinaning paukuman,dinaning karubedan lan kasedhihan,

Page 1459: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZEFANYA 1.16–2.2 4

dinaning karusakan, pepeteng lankaanan sing surem. Dinaning mendhungsing peteng ireng nggegirisi,16dina sing kebak swaraning slomprètlan bengoké serdhadhu sing padhaperang nyerbu bètèng-bètèngé kutha lanmenara-menara pangungakan.17Pangéran ngandika mengkéné,"Karubedan sing Daktekakaké marangmanungsa kuwi semono gedhéné ngantiwong bakal padha gagap-gagap kayawong wuta. Sebab wong-wong mau wispadha gawé dosa marang Aku, mulanésaiki getihé bakal kawutahaké kayabanyu, lan jisimé bakal padha bosok anaing lemah."18 Ing dinané Pangéran kuwiPanjenengané bakal ngetingalakébebenduné, mula emas lan slakané bakalora bisa mitulungi apa-apa. Salumahingbumi bakal katumpes déning muladingdukané Pangéran. Panjenengané bakalngendhegaké tanpa kanyana-nyanasakèhing kumelip sing urip ana ing bumi.

21Hé para bangsa sing padha oraduwé isin, padha élinga

2 sadurungé kowé padha alum lanmati kaya kembang! Élinga sadurungé

Page 1460: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZEFANYA 2.3–6 5

paukumané Pangéran sing ngalad-alad nekani kowé, ya sadurungéPanjenengané ngetingalaké dukané.3Padha mratobata marang Pangéranhé sakèhé umaté sing andhap-asor ingati lan ngèstokaké dhawuhé. Nindaknakabeneran lan ngasorna awakmu anaing ngarsané Pangéran. Mbokmenawakowé kepareng oncat saka paukuman,iya ing dinané Pangéran ngetingalaképaukumané.4Bakal ora ana wong siji-sijia singkari ana ing kutha Gaza. Askelon bakalsuwung, ditinggal lunga rakyaté. Wongsing padha manggon ing Asdod bakalkatundhung metu ing wayah awan, lanwong Ékron iya bakal katundhung sakakuthané.5Kowé hé wong Filistin, kowé wisdiukum, ya sakèhé wong sing padhamanggon ing pesisir. Pangéran bakalndhawahaké paukuman marang kowé.Kowé bakal katumpes, nganti ora anawong siji-sijia sing kari.6Daérah ing sapinggiring segarabakal dadi pangonan lan didegi gubugépara pangon lan kandhang-kandhangwedhusé.

Page 1461: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZEFANYA 2.7–10 67Wong Yéhuda sing isih padha uripbakal ngenggoni tanahmu, bakal padhaangon wedhusé ana ing kono lan padhaturu ana ing tilas omah-omahé wongAskelon. Pangéran Allahé bakal nunggalkaro wong-wong mau, nganti bakalpadha makmur menèh.8Pangéran Allah Kang Mahakwasangandika mengkéné, "Aku mireng yènwong Moab lan wong Amon padhangala-ala lan ngina marang umat-Ku,lan padha sumbar yèn bakal nelukakétanahé.9Demi Aku iki Allahé Israèl kanggesang, Moab lan Amon bakalDaktumpes kaya Sodom lan Gomora.Panggonan kono bakal dadi panggonanéwong gawé uyah lan selawas-lawasédadi jugrugan sing kurugan thethukulaneri lan lateng. Umat-Ku sing isih uripbakal padha njarah rayah panggonanmau lan ngebèki lemahé."10Wong-wong Moab lan Amonbakal diukum merga enggoné umuklan angkuhé, apa déné enggonéngina marang umaté Pangéran KangMahakwasa.

Page 1462: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZEFANYA 2.11–3.1 711Sabanjuré sakèhing bangsa bakalngabekti marang Pangéran ana ingnegarané dhéwé-dhéwé.12Semono uga wong Sudan bakalpadha katumpes tapis.13Pangéran bakal ngagem pangwasanékanggo numpes Asyur. Kutha Ninewébakal kadadèkaké jugrugan sing sepi,dadi ara-ara samun sing tanpa banyu.14Panggonan kono bakal dadi pangonanwedhus lan papan pengasoané satokéwan rupa-rupa. Manuk beluk bakalmanggon ing jugrugan kono lanmanggung ing jendhélané. Manuk gagakbakal padha kaok-kaok ana ing undhak-undhakané omah. Blabag-blabag kayuèrès ing omah-omah bakal dicopoti.15Mengkono bakal kedadéané kuthasing ngegung-egungaké kekuwatané lanrumangsa wis sentosa. Wong-wongépadha rumangsa yèn kuthané sing gedhédhéwé ing salumahé bumi. Saiba bakalsepiné panggonan mau, merga bakaldadi panggonané sato kéwan padhangaso! Saben wong sing liwat bakalpadha kekes atiné merga saka wedi.

31Yérusalèm sing bejat lan nglawan,sarta nganiaya marang wong-wongé

Page 1463: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZEFANYA 3.2–6 8

dhéwé, bakal tampa paukumanéPangéran.2Yérusalèm ora gelem ngrungokakélan mbangun-turut marang Pangéran.Ora suméndhé lan ngendelaké Pangéransarta nyuwun pitulungané.3Para penggedhéné kuwi presasat singasing gero-gero, para hakimé presasatasu ajag sing keluwèn, saka srakahébakal ora ninggal balung nganti ésuk.4Para nabiné ora duwé rasa tanggungjawab lan ora kena diprecaya. Paraimamé najisaké samubarang singsuci, sarta napsiraké dhawuhé Allahsasenengé atiné dhéwé.5Nanging Gusti Allah isih ana ingkutha kono. Panjenengané nindakakékabeneran lan keadilan, ora naté damelkaluputan. Saben ésuk tanpa kendhatPanjenengané nekakaké keadilanmarang umat kagungané. Éwasemonowong sing padha ala isih nerusakéenggoné gawé dosa tanpa duwé isin.6Pangandikané Pangéran, "Aku wisnumpes bangsa akèh. Kutha-kuthané,témbok-témboké apa déné menara-menarané dadi gempuran. Kutha-kuthalan dalan-dalané dadi sepi.

Page 1464: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZEFANYA 3.7–11 97Pangira-Ku, umat-Ku saiki mesthingurmati Aku lan nggatèkaké dhawuh-Ku. Mesthiné padha éling marangpiwulang-Ku." Nyatané malah sayabanget pamblasaré.8Pangandikané Pangéran, "Entènana,bakal tekan mangsané, Aku jumenenglan nggugat para bangsa. Aku wismutusaké, bakal nglumpukaké parabangsa lan kraton, bakal Daktedahisepira kekuwatané paukuman-Ku.Salumahing bumi kabèh bakalDaksirnakaké nganggo geniningpaukuman-Ku.9Sawisé mengkono para bangsa bakalDaksantuni, mula bakal padha ndedongamarang Aku lan ora marang allah liyané.Kabèh bakal padha mbangun-turutmarang Aku.10Senajan adoh lan pating slebar anaing Sudan umat-Ku bakal padha saoskurban marang Aku.11 Ing dina kuwi kowé ora bakalnandhang kwirangan awit saka sakèhépokalmu sing ala marang aku. Sabenwong sing angkuh lan gemedhé bakalDaksingkiraké, lan kowé ora bakal

Page 1465: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZEFANYA 3.12–18 10

nglawan menèh marang Aku ana inggunung-Ku sing suci.12Aku bakal ngèngèh umat singandhap-asor lan lembah ing ati, singpadha gelem sowan nyuwun pitulunganmarang Aku.13Umat Israèl sing isih bakal padhaurip rukun, ora padha akal-akalan sartaora goroh-ginorohan. Mula bakal padhanandhang kalubèran lan katentreman."14Hé umat Israèl, padha menyanyiakanthi bungah! Hé Yérusalèm, padhabungaha sakatogmu!15Pangéran wis ora ngukum kowémenèh; sakèhé mungsuhmu wisdisingkiraké. Pangéran Ratuné Israèl wisnunggil karo kowé, saiki kowé ora susahwedi.16Bakal tekan wektuné wong padhakandha karo Yérusalèm, "Hé kutha Sion,aja wedi! Tanganmu aja nglokro.17Pangéran Allah ana ing tengahmu;pangwasané nekakaké kamenanganmarang kowé. Pangéran rena penggalihéing ngatasé kowé, merga saka sihé,kowé padha kaparingan urip anyar.18Kaya atiné wong sing lagi pésta."Pangandikané Pangéran, "Aku wis mari

Page 1466: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZEFANYA 3.19–20 11

enggon-Ku duka lan ngukum, sartasakèhé kanisthan wis Daksingkiraké.19Bakal tekan wektuné Akundhawahaké paukuman, marangpara wong sing padha nganiayakowé. Sakèhé wong sing kaboyonging pembuwangan bakal Dakulihaké,lan wong lumpuh bakal Dakluwari.Kanisthané bakal Daksantuni kaluhuran,lan wong salumahé bumi bakalngalembana.20Bakal tekan wektuné, wong-wongmusing pating slebar bakal Dakulihaké. Lanjenengmu bakal Dakgawé misuwur ingsalumahing bumi, mengkono uga kowébakal Dakparingi luwar!" Mengkonopangandikané Pangéran.

Page 1467: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

Hagai

11Nalika Sang Prabu Dharius enggonéjumeneng ratu nyandhak rong taun,

ing dina kapisan, sasi kaping nem,Pangéran ngandika lantaran Nabi Hagai.Pangandika mau katujokaké marangZérubabel bin Séaltièl, gubernur ingYéhuda, lan marang Imam Agung Yosuabin Yozadak.2Pangandikané Pangéran marangHagai mengkéné, "Wong-wong kuwipadha kandha yèn saiki durung wektunémbangun Pedalemané Allah."3Pangéran banjur paring dhawuhmarang wong kabèh lantaran Nabi Hagaimengkéné,4 "Hé umat-Ku, yagéné kowé padhamanggon ing omah-omah sing méwah,mangka Pedaleman-Ku isih rupajugrugan.5Apa kowé padha ora nitèni lelakonsing kokalami?6Kowé padha nyebar gandum akèh,nanging panènmu mung sethithik.Kowé duwé pangan, nanging ora wareg

Page 1468: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HAGAI 1.7–11 2

kokpangan. Kowé duwé anggur, nangingora cukup kokombé nganti marem! Kowépadha nyandhang, nanging awakmu oranganti anget. Wong sing buruh opahanéora cukup dipangan.7Apa kowé ngerti apa sebabé kuwi maukabèh?8Mulané padha munggaha ing gunung-gunung, golèka kayu; Pedalemané Allahbangunen. Supaya penggalih-Ku dadirena lan Aku bakal dibektèni kaya singsamesthiné.9Kowé padha kepéngin supayapanènmu metu akèh, jebul wetunémung sethithik. Mangka yèn panènmukokgawa mulih banjur Daksebul, sirna.Apa sebabé? Merga Pedaleman-Ku isihrupa jugrugan, lan kowé padha ributyasa omahmu dhéwé-dhéwé.10Mulané ora ana udan lan ora anatetuwuhan sing thukul.11Aku sing nekakaké ketiga ngerak ingtanah kéné, ing gunung-gunungé, ingsawah-sawahé, ing kebon angguré laning keboné woh-wohan, marang sabenpametuné bumi, manungsa lan kéwan,lan samubarang sing koktandur."

Page 1469: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HAGAI 1.12–2.3 312Zérubabel lan Yosua sarta wong-wong sing bali saka pembuwangan ingtanah Babil banjur padha nindakakéapa sadhawuhé Pangéran, merga padhawedi, mula banjur ngèstokaké dhawuhéNabi Hagai, utusané Pangéran.13Nabi Hagai banjur nglantarakédhawuhé Pangéran mengkéné, "Akujanji, yèn Aku bakal nunggal karo kowé."14Pangéran nggigah semangatésaben wong, supaya padha mbangunPedalemané Allah, kayata: Zérubabel,gubernur, Imam Agung Yosua lan wongkabèh sing bali saka pembuwangan.Wong kabèh mau banjur padha miwitinyambut-gawé mbangun PedalemanéPangéran, Allah Kang Mahakwasa.15 Ing dina kaping patlikur, sasi kanem,taun kapindhoné Dharius jumeneng raja.

21 Ing dina kaping selikur, sasi kapitutaun kuwi uga Pangéran ngandika

menèh lantaran Nabi Hagai.2Nabi Hagai kadhawuhan nglantarakédhawuh marang Zérubabel, gubernur ingYéhuda, marang Imam Agung Yosua, lanmarang rakyat kabèh, mengkéné,3 "Apa ana ing antaramu sing isihkèlingan karo kaéndahané Pedalemané

Page 1470: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HAGAI 2.4–10 4

Allah sing dhisik? Lan kepriyé kaananésaiki? Rak ora imbang babar-pisan?4Nanging aja padha cilik atimu. Padhagiata enggonmu nyambut-gawé, sebabAku nunggil karo kowé.5Nalika Aku ngirid kowé metu sakatanah Mesir Aku wis janji yèn bakalnunggal karo kowé ing selawasé. Tekansepréné Aku isih nunggal karo kowé,mulané aja wedi.6Ora suwé menèh Aku bakal ngoregakélangit lan bumi, segara lan dharatan.7Sakèhé bangsa bakal digawamréné, lan Pedaleman iki bakal kebakraja-brana.8Sakèhé slaka lan emas sajagad kuwikagungan-Ku.9Pedaleman-Ku sing anyar bakal luwihéndah ketimbang karo sing lawas, lanana ing Pedaleman kono Aku bakal paringkaraharjan lan katentreman marangumat-Ku." Mengkono pangandikanéPangéran Kang Mahakwasa.10 Ing dina kaping patlikur, sasikaping sanga, taun kapindhoné jamanéSang Prabu Dharius, Pangéran KangMahakwasa ngandika menèh marangNabi Hagai.

Page 1471: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HAGAI 2.11–15 511Dhawuhé, "Coba takona karo paraimam, kepriyé ukumé prekara singmengkéné iki:12Saupama ana wong njupuk dagingsuci saka kurban, banjur dilebokakéing lempitaning jubahé. Yèn jubahémau nggepok roti, panganan ratengan,anggur, lenga zaitun utawa sedhéngahapa sing kena dipangan, apa singkagepok iya dadi suci?" Wangsulané paraimam, "Mboten."13Pangandikané Nabi Hagai menèh,"Saupami wonten tiyang ingkang najismergi nggepok jisim, lajeng nggepoktetedhan wau, menapa tetedhan waulajeng dados najis?" Wangsulané paraimam, "Inggih."14Nabi Hagai banjur ngandika,"Pangéran ngandika, bilih kadosmekaten ugi tumrap umat menika,lan tumrap sakathahing pendamelingtanganipun, sarta sakathahing kurbaningkang sami dipun saosaken wontening mesbèh, menika sedaya najis."15Pangandikané Pangéran mengkéné,"Apa kowé ngerti kaanan sing kokalami?Nalika kowé durung miwiti mbangunPedaleman-Ku?

Page 1472: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HAGAI 2.16–22 616Kowé arep nutu gandum singkokkira olèh-olèhané bisa nyandhakrong atus kilogram, jebul mung metusatus kilogram. Koksengguh genthonganggurmu ana isiné satus liter, jebulanané mung patang puluh liter.17Aku nekakaké angin panas lanudan ès kanggo ngrusak tanduranmu,éwasemono kowé ora padha mratobat.18Saiki dina kaping patlikur, sasi kapingsanga, pondhasiné Pedaleman-Ku wisrampung. Titènana apa sing wiwit dinaiki bakal kelakon.19Senajan wis ora ana gandum lan oraana anggur, mangka durung mangsanéwit ara, dlima lan zaitun metokaké woh,éwasemono wiwit dina iki kowé bakalpadha Dakberkahi."20 Ing dina iki uga, yakuwi tanggalkaping patlikur, Pangéran paringpangandika menèh marang Hagai21kanggo Zérubabel, gubernuring Yéhuda mengkéné, "Aku bakalngoregaké langit lan bumi,22 sarta ngrubuhaké kraton-kraton lannyirnakaké pangwasané. Kréta peranglan sing nunggangi bakal Dakrusak.Jarané bakal padha mati lan sing

Page 1473: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

HAGAI 2.23 7

nunggangi bakal padha patèn-patènandhéwé.23 Ing dina kuwi kowé Zérubabel, abdi-Ku, bakal Dakpundhut lan Dakwisudhadadi penggedhé sing ngerèh bangsa ikiatas asma-Ku, sebab kowé wis Dakpilih."Mengkono pangandikané Pangéran.

Page 1474: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

Zakharia

11 Ing sasi kawolu ing taun kapindhojamané Dharius jumeneng raja,

Pangéran ngandika marang NabiZakharia bin Bèrékia, putuné Idhomengkéné,2 "Aku Pangéran duka banget karo paraleluhurmu.3Mulané kandhakna karo umat Israèl,‘Padha mratobata lan sowana Aku.’4Kowé aja padha kaya leluhurmu.Dhèk jaman biyèn para nabi wis padhamedharaké pangandika-Ku sing wosémituturi supaya ninggala uripé singala lan aja nerus-nerusaké enggonénglakoni dosa. Nanging para leluhurmumau padha ora gelem ngrungokakédhawuh-Ku lan padha ora ngèstokaké.5Para leluhurmu lan para nabi mausaiki wis padha mati.6Lantaran para abdi-Ku, para nabi,para leluhurmu wis Dakdhawuhilan Dakélingaké, nanging padhaora ngrèwès, mula padha nampapaukumané. Wusana padha mratobat

Page 1475: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 1.7–12 2

lan ngakoni yèn Aku, Pangéran, AllahéKang Mahakwasa, sing ngukum kalawanadil, manut penggawéné."7 Ing taun kapindho jamané Dhariusjumeneng raja, ing dina kaping patlikur,sasi ping sewelas (sasi Shébat),Pangéran paring pangandika ingsajroning wahyu, ing wayah bengi.8Aku weruh ana malaékating Pangérannitih jaran abang, mandheg ing antaranéwit jambu kelinga sing ana ing lembah.Ing mburiné ana jaran telu sing uleséabang, dhawuk lan putih.9Aku matur marang malaékat mau,"Menapa tegesipun kapal-kapal menikasedaya?" Paring wangsulané, "Aku bakalnuduhaké apa tegesé kabèh mau!10Gusti Allah ngutus jaran-jaran kuwindlajahi bumi lan mriksa kaanané."11 Jaran-jaran banjur padha lapurmarang malaékat mau mengkéné,"Kula sampun ndlajahi bumi lankawontenanipun sarwa memelas, mergiwontenipun panindhes."12Malaékat mau banjur ngandika,"Dhuh Allah ingkang mahakwaos.Yérusalèm lan kitha-kitha ing tanah

ajambu keling: bangsané jambu.

Page 1476: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 1.13–17 3

Yéhuda sepriki sampun pitung dasataun laminipun enggèn Paduka ukum.Ngantos pinten laminipun enggènPaduka badhé nindakaken piwalesdhateng Yérusalèm lan kitha-kithasanèsipun wau?"13Pangéran paring wangsulan marangmalaékat mau nganggo tembungpanglipur,14 lan malaékat banjur ngandika karoaku, "Wartakna dhawuhé Pangéran AllahKang Mahakwasa mengkéné, ‘Bangettresna-Ku marang Yérusalèm, kutha-Kusing suci, mulané tansah Dakgatèkaké.15Nanging Aku ora rena karo bangsa-bangsa sing rumangsa ayem-tentrem.Merga nalika Aku ngampet duka-Kumarang umat-Ku, bangsa-bangsa maumalah padha gawé aboting sangsaranéumat-Ku.16Mulané Aku wangsul menèh menyangYérusalèm kanthi sih-kadarman.Pedaleman-Ku lan kutha kuwi bakalkabangun menèh.’"17Malaékat mau iya dhawuhngumumaké mengkéné, "PangéranKang Mahakwasa ngandika yèn kutha-kutha bakal padha makmur menèh lan

Page 1477: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 1.18–2.2 4

Panjenengané bakal paring pitulunganmarang Yérusalèm, sarta nganggepkutha kuwi kagungané piyambak."18Ana ing wahyu liyané aku ndelengana sungu sapi lanang papat.19Aku nyuwun pirsa marang malaékatsing ngandikan karo aku, "Menapamaknanipun sungu sekawan menika?"Paring wangsulané, "Kuwi mrelambangipangwasa-pangwasané jagad singmbuyaraké wong Yéhuda, wong Israèlsarta wong Yérusalèm."20Pangéran nuli nedahi aku wong papatnggawa martil.21Aku nyuwun pirsa, "Tiyang-tiyangmenika sami badhé nindakakenmenapa?" Paring wangsulané, "Tekanésupaya gawé geteré bangsa-bangsa singbakal padha ditumpes merga wis padhanindhes tanah Yéhuda lan mbuyarakéwong-wongé."

21Ana ing wahyu liyané aku weruhana priya nyekel tali ukuran.

2Aku banjur takon, "Panjenengan badhétindak dhateng pundi?" Wangsulanéwong mau, "Arep ngukur Yérusalèm,kepéngin weruh pira ambané lan piradawané."

Page 1478: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 2.3–8 53Malaékat sing ngandikan karo akumau banjur majeng, lan ana malaékatliyané sing methukaké.4Malaékat sing kapisan mau ngandikakaro sing methukaké, "Mlayua, nonomansing nggawa tali ukuran kaé kandhanana,yèn merga saka akèhé wong lan kéwansing manggon ing Yérusalèm kéné,kuthané bakal kegedhèn saupamadiubengi bètèng.5Pangéran wis janji, yèn Panjenenganépiyambak sing bakal jumeneng daditémbok geni ing sakubengé kutha lanngreksa kutha mau. Panjenengané bakaldedalem ana ing kana ngagem sakèhingkamulyané."6Pangandikané Pangéran marangumat kagungané, "Kowé wis padhaDakgawé buyar saenggon-enggon.Nanging saiki, hé wong sing padha anaing pembuwangan, padha metua sakatanah Babil, balia menyang Yérusalèm.7 (2:6)8Sing sapa nggepok kowé presasatnggepok maniking mripat-Ku." PangéranKang Mahakwasa ngutus aku martakaképangandika mau marang para bangsa

Page 1479: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 2.9–3.1 6

sing biyèn padha njarah-rayah umatkagungané. Dhawuhé,9 "Pangéran piyambak sing bakal perangnglawan kowé, lan kowé bakal gentèndijarah-rayah déning umat sing biyèndadi baturmu." Samasa kuwi kelakon,saben wong bakal ngerti yèn Pangéranpiyambak sing ngutus aku.10Pangandikané Pangéran, "Hé wongsing padha manggon ing Yérusalèm,padha surak-suraka! Aku bakal dedalemana ing tengahmu!"11 Ing mangsa kuwi bakal akèh bangsasing padha sowan ing ngarsané Pangéransarta dadi umaté. Panjenengané bakaldedalem ana ing tengahmu, lan kowébakal weruh yèn Panjenengané singngutus aku marang kowé.12Yéhuda bakal dadi umat pilihanéPangéran menèh ana ing tanahé kangsuci, lan Yérusalèm bakal dadi kuthasing ditresnani piyambak.13Padha menenga, hé saben wongsing ana ing ngarsané Pangéran, awitPanjenengané tedhak saka PedalemanéKang Suci.

31Ana ing wahyu liyané Pangérannedahaké aku Imam Agung Yosua

Page 1480: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 3.2–7 7

jumeneng ing ngarsané MalaékatingPangéran. Déné Sétan ngadeg jèjèr karoYosua, arep nggugat panjenengané.2Malaékating Pangéran ngandikamarang Sétan, "Hé Sétan, paukumanéPangéran nekanana kowé. Pangérankang ngasihi Yérusalèm ngukum kowé.Wong iki rak kaya kayu setengkel singkasendhal saka geni."3Yosua jumeneng ana ing kono,ngagem ageman reged.4Dhawuhé Malaékating Pangéranmarang para sing ngladosi, "Uculanasandhangané sing reged." Banjurngandika marang Yosua, "Dosamu wisDakluwari lan kowé bakal Dakparingisandhangan sing anyar."5Panjenengané banjur ndhawuhi paraabdi supaya Yosua diagemi agemananyar ana ing ngarsané MalaékatingPangéran.6Malaékat mau banjur ngandikamarang Yosua, yèn Gusti Allah wisngandika mengkéné,7 "Yèn kowé ngèstokaké dhawuh-Ku lan nglakoni kuwajiban singDakparingaké marang kowé, kowéselawasé bakal ngladèni Aku ing

Page 1481: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 3.8–4.2 8

Pedaleman-Ku lan ing platarané. Akubakal nggatèkaké pandongamu kayaenggon-Ku miyarsakaké pandonganépara malaékat sing padha ngadhep anaing ngarsa-Ku.8Hé Imam Agung Yosua, rungokna,kowé sing dadi Imam Agung. Lan kowépara Imam sing padha dadi pembantunéYosua, kowé padha dadi pretandhajaman becik sing bakal kelakon. Akubakal ngutus abdi-Ku sing karan ‘SangTrubusan!’9Aku bakal masang watu adi ingngarepé Yosua sing ana matané pitu.Watu mau bakal Dakukir nganggotulisan. Sajroning sedina Aku bakalngluwari dosané tanah iki.10 Ing dina kuwi kowé bakal ngulemitangga-teparomu dhéwé-dhéwé ingomahmu, supaya ngrasakaké nikmatékatentreman ana ing satengahing kebonanggur lan kebon ara."

41Malaékat sing ngandikan karo akumau rawuh menèh, banjur nggugah

aku carané kaya nggugah wong turu.2Pangandikané marang aku, "Kowéweruh apa?" Unjukku, "Dilah emas.Ing nginggil wonten wadhahipun lisah.

Page 1482: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 4.3–8 9

Dilah menika wonten damaripun pitu,saben damar ing nginggilipun wontentorongipun pitu.3 Ing sisihipun dilah wau wonten witipunkurma kalih, setunggal ing sisih kiwa lansetunggalipun ing sisih tengen."4Aku banjur munjuk nyuwun pirsamarang malaékat mau, "Menapategesipun menika sedaya?"5Pendanguné marang aku, "Apa kowéora ngerti?" Unjukku, "Mboten, kulamboten mangertos."6Malaékat mau ngandika marang akuyèn Pangéran paring dhawuh marangZérubabel mengkéné, "Kowé bakalmenang, ora merga saka akèhé tentarautawa merga saka kekuwatanmu dhéwé,nanging merga saka Roh-Ku.7Apa waé sing ngalang-alangi kowésenajan gedhéné sagunung pisan bakalsumingkir saka ngarepmu. Kowé bakalmbangun Pedaleman-Ku, lan mengkoyèn kowé masang watu sing pungkasan,wong-wong bakal padha kandha, ‘Becikbanget, wah apik temenan!’"8Ana pangandikané Pangéran liyanémenèh marang aku.

Page 1483: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 4.9–14 109Pangandikané, "Zérubabel wis masangpondhasiné Pedaleman-Ku, lan iya singbakal ngrampungaké. Samasa kuwikabèh wis kelakon, wong-wong bakalpadha ngerti yèn Aku sing ngutus kowémarang wong mau.10 (4-10a) Wong-wong bakal padhagela, déné majuné rendhet temen.Nanging bakal padha ngerti yènZérubabel nerusaké pembangunéPedaleman-Ku, mula bakal padhabungah." (4-10b) Pangandikanémalaékat, "Damar pitu kuwi ibaratétingalé Allah sing mirsani salumahingbumi."11Aku banjur nyuwun pirsa, "Wit kurmakalih ing kiwa lan tengenipun dilahmenika tegesipun menapa?12Lan menapa tegesipun pang-pangipun wit kurma kalih ingkang jèjèrkaliyan torong emas ingkang kanggéngisèni lisah dhateng damar menika?"13Panjenengané banjur ndangu, "Apakowé ora ngerti?" Unjukku, "Mboten,kula mboten mangertos."14Paring wangsulané, "Kuwingibarataké wong loro sing dipilihdéning Allah lan dilantik supaya ngladosi

Page 1484: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 5.1–5 11

Panjenengané, Pangéran Gustiné langitlan bumi."

51Aku banjur ndhangak, banjur weruhana Kitab Gulungan kumléyang ing

langit.2Malaékat mau ndangu aku, "Kowéweruh apa?" Unjukku, "Kula sumerepKitab Gulungan kumléyang ing langit.Panjangipun sangang mèter lanwiyaripun sekawan setengah mèter."3Aku banjur dingandikani, "KitabGulungan kuwi isi tulisan bab paukumansing bakal nekani satanah kéné kabèh.Sing sesisih ditulisi sing surasané,sakèhé maling bakal kasingkiraké sakatanah kéné; sisih liyané mratélakaké yènsaben wong sing ngucapaké sumpahpalsu iya bakal kabuwang.4Pangéran Kang Mahakwasa ngandikayèn Panjenengané sing bakal nekakaképaukuman mau, lan paukumané bakalmlebu ing omahé saben wong singsumpah palsu. Paukuman mau bakaltetep manggon ana ing kono ngantiomah-omahé dadi jugrugan."5Malaékat mau ngetingal menèh,lan ngandika, "Delengen! Apa singkokdeleng?"

Page 1485: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 5.6–6.1 126Unjukku, "Menapa menika?"Wangsulané, "Kuwi kranjang, singngibarati dosané umat satanah kénékabèh."7Kranjang mau ana tutupé, kagawésaka kawat nam-naman. Barengdaktamat-tamataké, tutup maukaangkat lan ing njero kranjang mauana wongé wadon lagi lungguh.8Pangandikané malaékat mau, "Wongwadon kuwi ngibarataké piala." Wongwadon mau banjur diblesekaké ingkranjang menèh lan tutupé dirapeti.9Aku banjur ndhangak lan weruhwong wadon loro mabur marani akunganggo swiwi sing rosané kaya swiwinémanuk cangak. Banjur padha ngangkatkranjangé nganggo cucuké, digawalunga.10Unjukku marang malaékat mau,"Dipun bekta dhateng pundi kranjangmenika?"11Wangsulané, "Menyang Babil, sebabing kana bakal padha yasa kuil. Yèn kuilmau wis rampung kranjang mau bakaldidokok ana ing kono lan disembah."

61Aku kaparingan wahyu menèh.Nalika semono aku weruh ana kréta

Page 1486: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 6.2–8 13

papat metu saka antarané gunungtembaga loro.2Kréta sing kapisan ditarik jaran abangsarakit, sing kapindho ditarik jaran irengsarakit.3Kréta sing katelu ditarik jaran putihsarakit lan sing kapat ditarik jarandhawuk sarakit.4Aku banjur munjuk nyuwun pirsa,"Kréta-kréta menika tegesipun menapa?"5Wangsulané, "Kuwi ngibaratakéangin papat; kréta-kréta kuwi lagi tekasaka ngarsané Pangéran, Allahé wongsalumahing bumi."6Kréta sing ditarik jaran ireng sarakitmau arep menyang tanah Babil, singditarik jaran-jaran putih arep mengulon,lan sing ditarik jaran-jaran dhawuk arepmenyang tanah-tanah sisih Kidul.7 Jaran-jaran dhawuk mau bareng metukaton enggoné ora sabar, selak arepmlayu ndlajahi bumi. Pangandikanémalaékat, "Lungaa ndlajahi bumi!"Banjur padha budhal.8Malaékat mau banjur ndhawuhi aku,"Jaran-jaran sing budhal menyang Babilkuwi nahan paukumané Pangéran anaing tanah Lor kono."

Page 1487: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 6.9–14 149Pangéran dhawuh marang akumengkéné,10 "Klumpukna pisungsung singkasaosaké déning Hèldai, Tobialan Yedaya sing padha bali sakapembuwangan ing Babil. Gawanensanalika menyang omahé Yosia binZéfanya.11Gawéa makutha saka emas lanslaka sing dipisungsungaké mau, banjurenggokna ing sirahé Imam Agung Yosuabin Yozadak.12Kandhanana yèn Pangéran KangMahakwasa ngandika mengkéné, ‘Wongsing karan Sang Trubusan mau, bakaljumedhul ana ing panggonané lantrubusané dadi subur. Kuwi sing bakalmbangun Pedaleman-Ku.13Kuwi sing bakal yasa lan nampapakurmatan, sing pantes kaparingakémarang raja, lan wong mau bakal ngerèhumaté. Sajroné nindakaké pangrèhémau bakal dibiyantu déning imam, lanwong loro mau bakal nyambut-gawébebarengan nekakaké katentreman lankarukunan.’14Makutha mau bakal tetep kasimpenana ing Pedalemané Allah minangka

Page 1488: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 6.15–7.3 15

pengéling-éling marang Hèldai, Tobia lanYedaya lan marang Yosia anaké Zéfanya.15Wong-wong saka panggonan singadoh bakal padha teka mèlu mbantumbangun Pedaleman-Ku. Samasaenggoné padha mbangun mau wisrampung, kowé bakal ngerti yènPangéran Kang Mahakwasa piyambaksing ngutus aku marang kowé. Kuwikabèh bakal kelakon, samasa kowékanthi temen-temen padha ngèstokakédhawuh-dhawuhé Pangéran Allahmu."

71 Ing taun sing kaping papat jamanéDharius jumeneng raja, ing dina

kaping papat, sasi ping sanga (sasiKislèw), Pangéran ngandika marang aku.2Wong-wong sing manggon ing Bètèlpadha kongkonan Sarèzèr lan Règèm-Mèlèkh sakancané menyang PedalemanéAllah Pangéran Kang Mahakwasa, supayandedonga nyuwun berkahé Pangéran.3Sarta takon marang para imam lanpara nabi mengkéné, "Menapa kula samikedah nglajengaken enggèn kula samisiyam nangisi risaking PedalemanipunAllah ing wulan kaping gangsal kadosingkang sampun sami kula lampahimataun-taun?"

Page 1489: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 7.4–10 164Pangandikané Pangéran singdiparingaké aku mengkéné,5 "Wong kabèh lan para imamkandhanana yèn enggoné padha pasalan nangis ing sasi lima lan kapitusajroné pitung puluh taun iki, kuwi orakanggo ngurmati Aku.6Samasa padha mangan lan ngombékuwi apa ora kanggo awaké dhéwé?"7Kaya mengkono pangandikanéPangéran lantaran para nabi sing dhisik,nalika Yérusalèm isih makmur landienggoni wong akèh, ora mung singpadha manggon ana ing kutha-kuthasakiwa-tengené kutha Yérusalèm,nanging iya ing wilayah sisih Kidul laning pegunungan sisih Kulon.8Pangéran Kang Mahakwasa ngandikamarang Zakharia,9 "Dhèk jaman kuna umat-KuDakdhawuhi mengkéné, ‘Nindaknakeadilan, nindakna katresnan lankawelasan siji karo sijiné.10Aja nindhes randha, bocah lola lanwong manca sing padha manggon anaing satengahmu, sarta sedhéngah wongkecingkrangan liyané. Apa menèh aja

Page 1490: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 7.11–8.3 17

padha ngrancang gawé piala marangpadha sedulur.’11Nanging umat-Ku wangkal lan wegahngrungokaké. Padha nutupi kupingé lanngatosaké atiné kaya watu.12Sarèhné padha ora gelemngrungokaké piwulang singDakpréntahaké lantaran para nabising Dakutus dhèk jaman biyèn, mulanéAku duka banget.13Sarèhné padha ora ngrungokaképangandika-Ku, mulané Aku iya oramidhangetaké pandongané.14Kaya carané angin prahara,mengkono wong-wong mau padhaDaksebul, mula padha buyar manggoning tanah manca. Tanah iki dadipanggonan sing suwung, sepi mamring."

81Pangéran Kang Mahakwasangandika marang Zakharia

mengkéné,2 "Banget enggon-Ku kepénginmbiyantu mbangun Yérusalèm, mergaAku ngasihi wong-wong sing padhamanggon ing kono. Sih-katresnan-Kunjalari Aku sengit karo para satruné.3Aku bakal rawuh menèh ingYérusalèm, kutha-Ku kang suci, lan

Page 1491: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 8.4–9 18

dedalem ana ing kono. Kutha mau bakalmisuwur dadi kutha sing setya, langunungé Pangéran Kang Mahakwasabakal kasebut Gunung Kang Suci.4Bakal kelakon kaki-kaki lan nini-nini sing merga saka tuwané padhatekenan, bakal padha lungguhan ana ingalun-alun.5Mengkono uga dalan-dalan bakalkebak bocah lanang lan wadon singpadha dolanan.6Lelakon kuwi bakal diarani anèhdéning kekarèné bangsa iki, nangingkanggoné Aku, kuwi dudu prekara singmokal.7Aku bakal ngluwari umat-Ku sakatanah-tanah panggonané kabuwang,8 lan bakal Dakbalèkaké saka Wétanlan saka Kulon, supaya padha manggonana ing Yérusalèm. Kuwi bakal padhadadi umat-Ku lan Aku bakal jumenengdadi Allahé, sing ngerèh umat-Ku kanthikasetyan lan keadilan."9Pangandikané Pangéran marangumaté, mengkéné, "Atimu padhasing tatag! Saiki kowé padha krungupangandika sing biyèn diucapaké

Page 1492: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 8.10–13 19

déning para nabi, nalika pondhasinéPedalemané Allah dipasang.10Sadurungé kuwi, ora ana wong singkuwat mbayar tenaga séwan, iya tenagamanungsa utawa kéwan; sarta wongora bisa mlebu-metu kanthi tentrem,merga saka anané mungsuh. Kuwimerga wong kabèh Dakdadèkaké padhamemungsuhan, siji karo sijiné.11Nanging saiki enggon-Ku ngerèhbangsa iki béda.12Wong-wong mau bakal padha nyebarwinih kanthi ati sing tentrem. Witéanggur bakal padha metokaké woh,bumi bakal ngasilaké panèn lan ing tanahkono bakal akèh udan. Berkah-berkahsing mengkono mau bakal Dakparingakémarang kekarèné bangsa kuwi.13Hé wong Yéhuda lan wong Israèl!Dhèk biyèn wong manca yèn ngipat-ipatiwong liya muni, ‘Muga-muga kowénampanana paukuman sing nibaniYéhuda lan Israèl!’ Nanging Aku bakalngluwari kowé, mula wong mancabakal padha kandha siji karo sijiné,‘Muga-muga kowé padha ginanjaraberkah kaya sing diparingaké marang

Page 1493: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 8.14–19 20

Yéhuda lan Israèl!’ Mulané padha singtatag atimu lan aja wedi."14Pangandikané Pangéran AllahKang Mahakwasa mengkéné, "Dhèkbiyèn, nalika para leluhurmu padhagawé duka-Ku, Aku banjur nekakakékasangsaran lan apa sing Dakpenggalihmau Daktindakaké tanpa keduwung.15Nanging saiki Aku arep mberkahiwong Yérusalèm lan wong Yéhuda.Mulané kowé aja padha wedi.16Prekara-prekara iki sing kudukoktindakaké: kandhaa sing sanyatanésiji karo sijiné. Ana ing pengadilan padhatumindaka sing adil, sing nekakakékatentreman.17Aja padha ngrancang nindakaké pialamarang pepadhamu. Aja dadi seksinganggo sumpah palsu. Aku sengit karopaseksi goroh, tindak sawenang-wenanglan nindhes."18Pangéran Kang Mahakwasa ngandikamarang Zakharia mengkéné,19 "Wektu pasa ing sasi ping papat, sasikalima, sasi kapitu lan sasi ping sepuluhkuwi bakal dadi riaya kabungahankanggoné wong Yéhuda. Kowé padha

Page 1494: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 8.20–9.1 21

senenga nindakaké katresnan lan padhasing rukun."20Pangandikané Pangéran KangMahakwasa mengkéné, "Bakal tekanwektuné wong saka kutha ngendi-endipadha menyang Yérusalèm.21Sing teka saka kutha sing siji bakalkandha karo sing teka saka kuthasijiné, ‘Ayo padha ngabekti marangPangéran, Allah Kang Mahakwasa lanpadha nyuwun berkahé. Ayo padha mèluaku sowan mrana!’22Wong akèh lan bangsa-bangsa singgedhé pangwasané bakal padha tekaing Yérusalèm ngabekti, sujud marangPangéran Kang Mahakwasa sarta nyuwunberkahé.23 Ing dina-dina kuwi bakal ana wongmanca sepuluh padha nekani wongYahudi siji lan kandha, ‘Kula samikepéngin tumut panjenengan, mergikula sami mireng bilih Allah nunggilkaliyan panjenengan.’"

91Wangsit sing kaparingaké déningAllah surasané mengkéné, Gusti

Allah wis damel putusan kanggo tanahHadrakh lan kutha Damsyik. Ora mung

Page 1495: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 9.2–7 22

bangsa Israèl, nanging iya kutha krajanéSiria kuwi kagungané Allah.2Hamat sing tunggal wates karoHadrakh kuwi iya kagungané Allah,semono uga kutha-kutha Tirus lan Sidon,sing kondhang ketrampilané.3Tirus yasa bètèng-bètèng kanggonjaga awaké dhéwé sarta nandho slakalan emas akèh banget, nganti kayalarahan ing dalan!4Nanging kabèh mau bakal kapundhutdéning Pangéran. Raja-brana mau bakalkabuwang ing segara, sarta kutha maubakal sirna kobong ing geni nganti entèkkabèh.5Wong Askelon bakal ndeleng kuwimau kabèh sarta giris banget. Semonouga Ékron, mula buyar pengarep-arepé.Gaza bakal kélangan ratuné, lan Askelonbakal dadi suwung.6Asdod bakal dienggoni déning bangsacampuran. Pangandikané Pangéranmengkéné, "Bangsa pilihan sing umukbakal Dakasoraké.7Bangsa mau bakal mari enggonémangan roti sing isi getih, utawamangan pangan liyané sing najis.Kekarèné bangsa mau bakal dadi siji

Page 1496: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 9.8–10 23

karo umat-Ku lan dadi golongané bangsaYéhuda. Ékron bakal dadi péranganingumat-Ku, padha kaya wong Yébus.8Aku bakal njaga tanah kagungan-Kulan bakal ora marengaké dienggo liwattentara. Aku bakal ora marengakémenèh anané pangwasa sing nindhesbangsa-Ku, sebab Aku wis pirsa sepirasangsarané umat-Ku."9Hé putri Sion, padha bungaha! Padhasurak-suraka hé wong sing padhamanggon ing Yérusalèm! Delengen,Ratumu rawuh. Rawuhé ngastakaluhuran lan kemenangan. ÉwasemonoPanjenengané lembah manah lan rawuhénitih belo, anaké kuldi momotan.10Pangandikané Pangéran mengkéné,"Kréta-kréta perangé Israèl bakalDaksirnakaké, lan jaran-jaran bakalDaklungakaké saka Yérusalèm;gendhéwa lan panah sing kanggo perangbakal Daksirnakaké. Ratumu bakalnekakaké katentreman ing antaranépara bangsa; kratoné bakal gumelarwiwit saka segara tekan segara, sakaBengawan Éfrat tekan pungkasaningbumi."

Page 1497: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 9.11–15 2411Pangandikané Pangéran mengkéné,"Sarèhné Aku wis gawé prejanjian karokowé, sing dicap nganggo getihé kurban-kurban, mulané Aku bakal ngluwarikowé; Dakluwari saka pembuwanganpresasat Dakentas saka njeroning sumurasat.12Padha balia, hé wong ingpembuwangan, saiki kowé duwépengarep-arep; padha muliha menyangpanggonan sing tentrem. Kowébakal Dakparingi berkah, tikel loronékasangsaran sing kokalami.13Yéhuda bakal Dakdadèkakégendhéwané prejurit lan Israèl bakaldadi panahé. Wong-wong ing Sion bakalDakagem minangka pedhang, sajroningpeprangan nglawan bangsa Yahudi."14Pangéran bakal ngetingal anaing sandhuwuré umaté; panahébakal dilepas kaya kilat. Allah KangMahaluhur bakal ngungelaké slomprèt;Panjenengané bakal tindak ing sajroningprahara saka tanah sisih Kidul.15Allah Kang Mahakwasa bakalngayomi umaté, nganti umat maubakal nyirnakaké para satruné. Umatmau bakal padha bengok-bengok ing

Page 1498: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 9.16–10.2 25

peprangan kaya wong mendem anggur;getihing mungsuh-mungsuhé kaya getihsing mili saka kurban sing diesokaké anaing mesbèh saka tuwung.16 Ing dina kuwi Pangéran bakalngluwari umaté, kaya pangon singnguwalaké pepanthané wedhus sakabebaya. Umat kagungané mau bakalmencorong ing tanahé, kaya permatasing ana ing makutha!17Saiba bakal beciké lan éndahé tanahmau! Para nonoman bakal padha dadigedhé lan rosa, krana saka gandum lanangguré.

101Padha nyuwuna udan marangPangéran ing mangsa semi!

Sebab Pangéran sing yasa mendhung lanudan; sing damel tanduran ijo royo-royokanggo saben wong.2Wong padha takon karo reca-recalan tukang ramal, nanging wangsulanékuwi goroh, kothong tanpa teges. Anasing nerangaké impèn, nanging kuwimung nasaraké kowé; panglipuré tanpaguna. Mulané wong-wong mau padhanglembara kaya wedhus tanpa pangon.Padha nampa karubedan, merga oraduwé pemimpin.

Page 1499: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 10.3–7 263Pangandikané Pangéran, "Aku dukamarang wong manca sing padhanjajah bangsa-Ku, mulané bakalpadha Dakukum. Bangsa Yéhudakuwi kagungan-Ku, lan Aku PangéranKang Mahakwasa sing bakal ngrimatiwong-wong mau. Bakal Dakgawé tentarajaranan sing prakosa.4Saka turuné Yéhuda bakal munculraja-raja lan pangwasa-pangwasa sartasénapati-sénapati sing ngerèh marangumat-Ku.5Bangsa Yéhuda bakal unggul kayaprejurit sing ngidak-idak mungsuhé anaing blethoking dalan. Umat mau bakalperang kanthi kendel, merga Pangéranngamping-ampingi dhèwèké, mulanébakal padha ngremuk mungsuhé senajanmungsuh mau nggawa tentara jaranan.6Umat Yéhuda bakal Dakgawé rosa;Israèl bakal Dakluwari. Bakal padhaDakwelasi lan Dakulihaké menyangtanahé. Kaanané kaya-kaya ora tauDaksébrataké. Aku iki Pangéran Allahé;Aku bakal nyembadani sapanyuwuné.7Umat Israèl bakal padha dadi rosakaya pahlawan, atiné bakal bingar kayakena dayaning anggur. Para turun-turuné

Page 1500: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 10.8–12 27

bakal padha kèlingan kemenangané,sarta padha bungah merga sakapakaryané Pangéran.8Aku bakal nimbali umat-Ku sartaDakklumpukaké dadi siji. Bakal padhaDakluwari lan tangkar-tumangkar kayamauné.9Senajan wis Dakbuyaraké ana ingantarané bangsa-bangsa, éwasemonoana ing tanah sing adoh mau tansahpadha éling marang Aku. Wong-wongmau lan anak-turuné bakal padhatetep urip sarta bakal bali bebarenganmenyang tanahé.10Bakal padha Dakulihaké saka Mesirlan saka Asyur, sarta Dakpapanaké anaing tanahé dhéwé. Bakal Dakpapanakéing Giléad lan iya ing Libanon; satanahkono kabèh bakal kebak wong.11Samasa padha nyabrang lan ngalamikarubedan, Aku, Pangéran, bakal nyabetaluné segara, sarta kedhung-kedhungéBengawan Nil bakal dadi garing. Asyursing umuk kuwi bakal kwirangan,lan Mesir sing rosa bakal kélangankekuwatané.12Umat-Ku bakal Dakgawé rosa; lanbakal padha ngabekti marang Aku sarta

Page 1501: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 11.1–5 28

mbangun-turut marang Aku. Mengkonopangandikané Pangéran."

111Hé Libanon, wengaknagapuramu, supaya wit èrèsmu

kena diobong nganti tapis.2Hé wit sanobar, nangisa lan sambat-sambata, sebab wit-wit èrès wis padharubuh; wit sing dhuwur-dhuwur wis sirnakabèh! Padha nangisa lan sesambata, héwit élon ing Basan, alas sing gedhé kuwiwis dibabadi nganti resik!3Para raja padha tangisan sakasedhihing atiné, wis ilang kaluhurané.Padha rungokna panggeroning singa-singa; merga alas-alas sauruté KaliYardèn, panggonané ndhelik wis sirnakabèh!4Pangéran Allahmu ngandika marangaku mengkéné, "Dadia pangonégolongané wedhus gèmbèl sing arepdisembelèh.5Wedhus-wedhus mau padha dipatènidéning sing duwé, lan ora ana wong singngukum. Wong-wong mau padha ngedoldagingé sarta kandha, ‘Pinujia Pangéran!Kita wis dadi sugih!’ Senajan pangonéwedhus dhéwé padha ora duwé welaskaro wedhusé."

Page 1502: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 11.6–10 296Pangéran ngandika, "Aku bakal oramaringi kawelasan menèh ana ing bumi.Sakèhing umat bakal Dakpasrahakéing tangané para penggedhéné. Parapenggedhé mau bakal ngrusak bumi,lan Aku bakal ora nguwalaké bumi sakapangwasané para penggedhé mau."7Aku banjur diséwa déning wongsing adol lan wong sing tuku wedhus,mulané aku banjur dadi pangonéwedhus-wedhus sing bakal disembelèh.Aku banjur nggawa teken loro: singsiji dakjenengaké: "Kawelasan," sijiné"Manunggal". Pepanthan mau banjurdakengon.8Sajroning sesasi aku mecat pangontelu, sing padha sengit karo aku, mergaaku wis ora sabar menèh.9Aku banjur kandha karo pepanthaningwedhusku, "Aku wis emoh ngengonkowé menèh. Sing arep mati, matia, singarep ilang, ilanga. Sing isih kari karebènpadha patèn-patènan dhéwé."10Tekenku sing jeneng "Kawelasan"banjur dakjupuk, dakputung kanggombatalaké prejanjiané Pangéran karopara bangsa.

Page 1503: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 11.11–16 3011Dadiné ing dina kuwi prejanjian mauwis batal. Wong sing padha tuku lanadol wedhus padha nyawang aku, mergapadha ngerti yèn Pangéran ngandikalantaran penggawéku.12Kandhaku karo-karo wong-wongmau, "Yèn kowé cocog, aku wènèhanaopah. Yèn ora, iya wis." Aku banjurdibayar telung puluh dhuwit slakaminangka opahku.13Pangéran ngandika marang akumengkéné, "Dhuwit kuwi simpenen anaing Kas Pedaleman-Ku." Dhuwit slakatelung puluh iji mau banjur daksimpening Kas Pedalemané Allah; dhuwitsemono mau rumangsané wong-wongwis akèh banget kanggo ngreganitenagaku.14Teken sing kapindho sing karan"Manunggal" banjur dakputung,mretandhani yèn Yéhuda lan Israèl wispecah.15Pangéran banjur ngandika mengkéné,"Kowé dadia pangon sepisan menèh,saiki dadia pangon sing tanpa-guna.16Aku wis ngangkat pangon,Dakdhawuhi ngrumati golonganéwedhus-wedhus-Ku, nanging pangon

Page 1504: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 11.17–12.3 31

mau ora njaga para wedhus, singkaancam déning karusakan. Sing ilangora digolèki, sing ketaton ora ditambani,lan wedhus liyané ora dipakani. Nangingwedhus sing lemu dhéwé malahdisembelèh, dipangan dagingé tekantracaké.17Cilaka pangon sing tanpa guna kuwi!Pangon mau wis ninggal pepanthané.Samasa ketekan perang, pangwasanébakal sirna; tangané bakal apus lanmripaté tengen bakal dadi wuta."

121 Iki wangsité Pangéran kanggoIsraèl. Panjenengané kuwi Allah

sing yasa langit lan nitahaké bumi,sarta paring urip marang manungsa.Pangandikané,2 "Yérusalèm bakal Dakdadèkaké kayatuwung kebak anggur. Bangsa-bangsasakubengé bakal padha ngombé,banjur gloyoran kaya wong mendem.Bangsa-bangsa mau bakal padhangepung Yérusalèm lan kutha-kuthaYéhuda liyané.3Nanging banjur tekan wektunéYérusalèm Dakdadèkaké watu singabot. Bangsa sing arep njunjung watumau bakal ketaton. Bangsa-bangsa ing

Page 1505: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 12.4–7 32

salumahing bumi bakal padha saiyegnglumpukaké tenagané dadi siji kanggonyerang Yérusalèm.4 Ing wektu kuwi sakèhé jarané bakalDakgawé geter lan sing nunggangiDakgawé édan kabèh. Wong Yéhudabakal Dakreksa, nanging jaranémungsuhé bakal Dakgawé picak.5Wong Yéhuda banjur bakal kandhasiji karo sijiné, ‘Pangéran Allah KangMahakwasa wis paring kekuwatanmarang umaté sing padha manggon ingYérusalèm.’6 Ing wektu mau umat Yéhuda bakalDakgawé kaya geni ana ing alas utawaing sawah sing gandumé wis tuwa;kaya mengkono enggoné Yéhudabakal nyirnakaké bangsa-bangsa ingsakubengé. Wong Yéhuda dhéwé bakalpadha tetep manggon ing kutha maukanthi slamet.7Aku, Pangéran, bakal paringkamenangan, sing dhisik marang tentaraYéhuda, mula kaurmatan sing bakalditampa déning para turuné Dawudlan para penduduké Yérusalèm orangungkuli kaurmatan sing diparingakémarang kekarèné Yéhuda.

Page 1506: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 12.8–12 338 Ing wektu kuwi Pangéran bakalngreksa para wong sing manggon ingkutha Yérusalèm; malah wong singringkih dhéwé bakal dadi rosa kayaDawud dhèk biyèn. Para turuné Dawudbakal dadi penuntuné kaya MalaékatéPangéran, iya kaya Pangéran piyambak.9 Ing wektu kuwi Aku bakal numpessaben bangsa sing arep nyerang kuthaYérusalèm.10Aku bakal ngesokaké roh isisih-rahmat lan pandonga maranganak-turuné Dawud lan wong-wong singmanggon ana ing Yérusalèm. Mulanébakal padha ndeleng wong sing wisdisuduk dhéwé nganti mati, lan nangisising disuduk mau kaya wong singnangisi anaké ontang-anting. Enggonénangisi nganti kelara-lara kaya wongsing nangisi anaké mbarep.11 Ing wektu kuwi ing Yérusalèm bakalana tangisan gedhé, kaya sing dianakakékanggo Hadad-Rimon ana ing LembahMegido.12Saben kulawarga bakal nganakakétangisan kanggo kulawargané dhéwé;kulawarga turuné Dawud, turuné Natan,turuné Lèwi, turuné Simèi lan kulawarga

Page 1507: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 12.13–13.3 34

liya-liyané. Saben kulawarga mau bakalnganakaké tangisan dhéwé-dhéwé,wong lanang dhéwé, lan wong wadondhéwé."13 (12:12)14 (12:12)

131Pangandikané PangéranKang Mahakwasa mengkéné,

"Ing wektu kuwi bakal ana sumberkaparingaké marang turuné Dawudlan wong sing padha manggon ingYérusalèm, kanggo ngumbah dosa lannajisé merga saka nyembah brahala.2 Ing wektu kuwi Aku bakal nyirnakakéjenengé sakèhé brahala saka negarakono, nganti wong-wong padha orakèlingan menèh. Para wong singngaku-aku nabi bakal Dakbuwang sakakono, semono uga pepénginan nyembahbrahala bakal Daksirnakaké."3Nganti saupama ana wong sing meksangaku-aku nabi, bapak lan ibuné wongmau dhéwé bakal ngandhani wong mau,"Kowé kuwi aja urip waé, merga apasing kokucapaké demi asmané Pangérankuwi goroh!" Yèn wong mau medharwangsit, bakal disuduk déning bapak lanibuné dhéwé.

Page 1508: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 13.4–9 354 Ing wektu kuwi wong sing ngaku-akunabi bakal padha kwirangan samasamedhar wangsit, utawa nganggo jubahwungu kanggo ngapusi rakyat.5Nanging bakal padha kandhamengkéné, "Aku iki dudu nabi, nangingwong tani, merga wiwit cilik aku wisngolah lemah.6Yèn ana wong sing takon, ‘Tilas tatuapa sing ana ing dhadhamu kuwi?’,banjur padha diwangsuli, ‘Enggonku olèhtatu iki ana ing omahé kancaku!’"7Pangandikané Pangéran KangMahakwasa mengkéné, "Hé pedhang,tangia, nyeranga abdi-Ku para pangon!Patènana pangoné, mula wedhusé bakalbuyar. Umat-Ku bakal Dakgempur,8 lan rong prateloné penduduké negarabakal mati.9Déné sing sapratelon kekarènébakal Dakluluh kaya slaka ana inggeni supaya dadi murni. Enggon-Kungluluh carané kaya wong ngluluh emas.Sawisé mengkono wong-wong maubakal padha ndedonga marang Aku,lan panyuwuné bakal Dakjurungi. BakalDakpangandikani, yèn wong kuwi umat

Page 1509: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 14.1–5 36

kagungan-Ku, lan wong-wong mau bakalngakoni yèn Aku jumeneng dadi Allahé."

141Dina pengadilané Pangéranwis cedhak. Yérusalèm bakal

dijarah-rayah, lan jarahan mau bakaldiedum ana ing ngarepmu.2Pangéran bakal nglempakaké bangsa-bangsa supaya nyerang Yérusalèm.Kuthané bakal direbut, omah-omahédijarah-rayah lan para wongé wadondipeksa ngladèni karepé. Pendudukésing separo bakal ditawan, nangingliyané bakal ora diboyong.3Pangéran piyambak bakal miyos lannglurugi perang marang bangsa-bangsamau, kaya sing katindakaké dhèk jamanbiyèn.4Panjenengané ing wektu kuwi bakaljumeneng ana ing Gunung Zaitun,sing ana ing sisih wétané Yérusalèm.Gunung Zaitun mau bakal kasigar dadiloro déning lembah amba, saka Wétanmengulon. Gunung mau sing separobakal mingser ngalor lan sing separomingser ngidul.5Kowé banjur bakal padha ngungsimetu lembah sing misahaké gunungmau dadi loro. Kowé banjur bakal

Page 1510: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 14.6–10 37

padha mlayu ngungsi kaya leluhurmuolèhé padha ngungsi dhèk jamanéUzia, raja ing Yéhuda, nalika tanahiki oreg déning lindhu. Pangéran KangMahakwasa banjur bakal rawuh, diiringipara malaékaté.6 Ing wektu kuwi bakal ora ana mangsabedhidhing lan ora ana pepeteng. Singana mung pepadhang kaya padhangéraina, bengi wis ora ana menèh. MungPangéran piyambak sing pirsa, mbésukkapan tekané dina mau.7 (14:6)8 Ing dina kuwi bakal ana banyu segermili saka Yérusalèm. Sing separo bakalmili menyang Segara Mati, lan singseparo liyané menyang Segara Tengah.Banyu mau bakal mili terus setaunmuput, iya ing mangsa ketiga, utawa ingmangsa rendheng.9 Ing kono Allah bakal jumeneng Rajaing salumahing bumi. Panjenenganébakal disembah lan diakoni déning sabenwong sarta disebut Allahé.10Daérah kono kabèh, wiwit sakaGéba, ing sisih Lor, tekan Rimon, ingsisih Kidul bakal dirata. Yérusalèm bakalmengklik-mengklik ing sandhuwuré

Page 1511: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 14.11–16 38

tanah kono kabèh. Watesé kutha mausaka Gapura Bènyamin tutug ing gapura,sing biyèn kasebut Gapura Pojok. Lansaka Menara Hananèl tekan pamipitanangguré para ratu.11Para wargané kutha kono bakalpadha manggon kanthi tentrem, orawedi kaancam déning karusakan menèh.12Pangéran bakal ndhatengaképaukuman sing nggegirisi kanggosakèhé bangsa-bangsa sing nyerangYérusalèm. Dagingé wong-wong maubakal dadi bosok sajroné isih padha urip;semono uga mripat lan ilaté.13 Ing wektu kuwi Pangéran bakalgawé bingungé wong-wong mau, mulasaben wong ngira yèn bakal dicekel landiserang déning kancané.14Wong-wong Yéhuda bakal padhaperang mbélani Yérusalèm, lannjarah-rayah raja-branané bangsa-bangsa kabèh, yakuwi emas, slaka lansandhangan akèh banget.15Paukuman mau iya marang jaran,bihal, unta lan kuldi sing ana inglingkungané mungsuh.16Kekarèné bangsa-bangsa singnglurugi perang Yérusalèm mau saben

Page 1512: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 14.17–21 39

taun bakal padha teka ngabekti marangPangéran Allah Kang Mahakwasa, singdiakoni dadi Rajané ngiras mahargyaRiaya Tarub Godhong.17Yèn ana bangsa sing ora gelemsowan menyang Yérusalèm nyembahmarang Pangéran, sing dadi Rajané,bakal ora kaparingan udan.18Yèn wong Mesir ora gelem mahargyaRiaya Tarub Godhong, bakal ketekanpaukuman padha kaya sing nyerangmarang saben bangsa sing ora gelemsowan menyang Yérusalèm.19Mengkono paukuman sing bakalnekani Mesir lan bangsa-bangsa liyané,yèn ora gelem mahargya Riaya TarubGodhong.20 Ing wektu kuwi klinthinganéjaran bakal ana tulisané sing uniné:"Sengkerané Pangéran". Kuwali-kuwalising ana ing Pedalemané Allah bakalpadha suciné karo bokor-bokor sing anaing ngareping mesbèh.21Saben kuwali ing Yérusalèm laning satanah Yéhuda bakal kapisahakédienggo saos kurban marang Pangéran,Allah Kang Mahakwasa. Wong sing saoskurban bakal migunakaké kuwali mau

Page 1513: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

ZAKHARIA 14.21 40

kanggo nggodhog daging sing dienggokurban. Ing wektu kuwi ing PedalemanéAllah bakal ora ana wong sing padhadedagangan menèh.

Page 1514: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

Maleakhi

11 Iki wangsité Pangéran marangbangsa Israèl lantaran Nabi Maléakhi.

2Pangandikané Pangéran marangumat kagungané mengkéné, "Akutansah nresnani kowé." Nanging umatmau ngunjukaké wangsulan, "Pundibuktinipun, bilih Paduka nresnanikawula?" Pangandikané Pangéran, "Ésaulan Yakub kuwi rak sedulur kakangadhi? Nanging Yakub lan anak-turunéDakkasihi,3 lan Ésau saanak-turuné Daksengiti.Mulané pegunungan-pegununganéDakgawé sepi mamring. Dakdadèkaképanggonané kéwan galak."4Saupama wong Édom, anak-turunéÉsau padha kandha, "Kutha-kuthakupadha rusak, nanging bakal dakbangunmenèh," Aku, Pangéran bakal mangsuli,"Bangunen, mengko bakal Dakgempurmenèh. Tanah mau bakal karan: ‘Tanahsangar,’ utawa ‘Bangsa sing diukumdéning Allah ing selawasé.’"

Page 1515: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MALEAKHI 1.5–8 25Wong Israèl bakal ndeleng lelakonmau srana mripaté dhéwé lan bakalpadha kandha, "Pangéran kuwi kwaosnganti tekan sanjabaning tlatahé Israèl!"6Pangéran, Allah Kang Mahakwasangandika marang para imam mengkéné,"Anak lanang ngurmati bapakné, lanbatur ngurmati bendarané. Aku ikiBapakmu, yagéné kowé ora ngurmatiAku? Aku iki Bendaramu. Yagéné kowéora wedi karo Aku? Kowé ngrèmèhakéAku, éwasemono kowé padha takon,‘Mawi cara kadospundi enggèn kawulangrèmèhaken Paduka?’7Carané enggonmu ngrèmèhaké Akuyakuwi srana nyaosaké dhaharan singnajis ana ing mesbèh-Ku. Nangingkowé munjuk pitakon, ‘Kadospundicaranipun enggèn kawula najisakenmesbèh Paduka?’ Merga penganggepmusing angkuh, mesbèhé Pangéran dadikoksepèlèkaké!8Yèn sing koksaosaké kanggo kurbanmarang Aku kuwi kéwan picak, utawalaranen, utawa pincang, apa sakapangiramu kuwi becik? Coba kéwanmengkono iku aturna marang bupatimu!

Page 1516: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MALEAKHI 1.9–13 3

Apa wong mau bakal seneng karo kowélan ngganjar marang kowé?"9Mulané kowé, para imam, yènkowé nyuwun sing becik kanggo kita,Panjenengané bakal ora miyarsakaképandongamu, lan kuwi merga salahmudhéwé.10Pangéran Kang Mahakwasa ngandika,"Beciké ana salah siji ing antaramusing nutup lawangé Pedalemané Allah,supaya kowé ora bisa nyumed geni singtanpa guna ana ing mesbèh-Ku. Akuora seneng karo kowé; Aku ora kersanampèni kurban sesaosanmu.11Wong saka kéblat papat padha tekasaka pojoking bumi merga kepénginngurmati Aku, sarta ana ing ngendi-endiwong padha ngobong menyan konjukmarang Aku, sarta padha saos kurbansing gawé renaning penggalih-Ku. Wongkabèh mau padha ngurmati Aku!12Nanging kowé malah padha najisakéasma-Ku karo kandha, yèn mesbèh-Kukuwi sepélé, sarta karo nyaosaké kurbandhaharan sing najis.13Pangucapmu, ‘Aku wis bosen karokuwi mau kabèh!’ Kowé banjur ndhangakkaro ngènjepi Aku. Samasa kowé saos

Page 1517: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MALEAKHI 1.14–2.3 4

pisungsung marang Aku rupa kéwancolongan, utawa kéwan sing pincangutawa sing laranen, apa kokkira Akukersa nampèni kurbanmu kuwi?14Cilaka wong julig sing ngurbanakékéwan cacad marang Aku, mangkaing antarané pepanthané wedhusé anakéwan sing becik, sing wis dipisahakéarep disaosaké marang Aku! Apa Aku ikidudu Ratu sing luhur, lan bangsa-bangsasalumahing bumi padha ngurmati Aku."

21Pangéran Kang Mahakwasangandika marang para imam

mengkéné, "Dhawuh iki Daktujokakémarang kowé:2Kowé ngurmatana Aku nganggopenggawému. Yèn kowé ora nggatèkaképangandika-Ku, kowé bakal Daktibanipaukuman. Aku bakal nibakaképaukuman marang apa waé singkokanggep dadi panguripanmu.Satemené paukuman mau malahwis Daktindakaké, merga kowé oranggatèkaké dhawuh-Ku.3Anak-anakmu bakal Dakukum lanraimu Dakraupi nganggo tléthongékéwan-kéwan sing kokenggo kurban,

Page 1518: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MALEAKHI 2.4–8 5

sarta kowé bakal kasèrèd menyangpanggonan buwangané kotoran mau.4 Ing kono kowé bakal ngerti yèndhawuh iki wis Dakparingaké marangkowé, sebab janji-Ku karo para imam,anak-turuné Lèwi, ora Dakbatalaké.5Aku janji, yèn para imam bakalDakganjar urip lan katentreman,mangka kuwi wis Dakparingaké supayapadha ngurmati Aku. Dhèk semanapancèn padha wedi-asih marang Aku.6Padha mulangaké apa sing bener,dudu sing salah. Pesrawungané karoAku becik. Ora mung padha nglakonibecik kanggo awaké dhéwé, nanging iyanyegah pepadhané nglakoni piala.7Wis dadi kuwajibané para imammulangaké kawruh sing bener bab GustiAllah. Wong samesthiné padha maraniimam, merga kepéngin ngerti marangkersa-Ku, sebab imam kuwi utusanéPangéran Kang Mahakwasa.8Nanging saiki kowé padha nyimpangsaka dalan sing bener. Piwulangmundadèkaké wong akèh padha nglakonipiala. Srana mengkono kowé wismbubrah prejanjian-Ku karo kowé.

Page 1519: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MALEAKHI 2.9–12 69Mulané Aku bakal gentèn ndadèkakéumat Israèl nyepèlèkaké marang kowé,merga kowé padha ora mbangun-turutkaro kersa-Ku, lan yèn mulang nganggombédakaké wong."10Kita kabèh rak padha nunggal Rama?Kita kabèh rak padha-padha katitahakédéning Allah siji? Yagéné kita padhambubrah janji kita dhéwé-dhéwé?Yagéné kita padha najisaké prejanjiansing dianakaké déning Allah karo paraleluhur kita?11Umat Yéhuda wis mbubrahprejanjiané karo Pangéran merganindakaké penggawé-penggawé singnistha banget ing Yérusalèm lan ingsatlatahé tanah Yéhuda kabèh. Wispadha najisaké Pedalemané sing dikasihidéning Allah lan padha kawin karo wongwadon sing nyembah brahala-brahalanébangsa liya.12Muga-muga Pangéran nyébratakéwong-wong sing mengkono mau sakamasarakaté Israèl, lan aja pisan-pisanwong-wong mau olèh mèlu nyaosakékurban kagem Allah Kang Mahakwasabebarengan karo bangsa kita.

Page 1520: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MALEAKHI 2.13–16 713Kejaba saka kuwi kowé isih nglakonising mengkéné: Kowé wis nutupimesbèhé Pangéran nganggo luhmu,merga kowé nangis karo sambat-sambat, sebab Pangéran nampik kurbansesaosanmu.14Kowé padha nyuwun pirsa apa sebabéPanjenengané nampik pisungsungmu.Ora liya merga Panjenengané pirsaenggonmu wis nyélaki janjimu karobojomu, sing kokkawin nalika kowéisih nom. Bojomu kuwi rak mitramulan somahmu tunggal saprejanjian!Dadi kowé wis mbubrah janjimu karosomahmu, senajan kowé wis janji anaing ngarsané Allah yèn kowé arep setyakaro wong mau.15Apa dudu Gusti Allah sing wisnjodhokaké kowé lan somahmu dadidaging lan roh siji? Apa sing dikersakakéana ing kono? Ora liya supaya anaksing lair saka kowé mau nyata umatéAllah. Mulané jaganen awakmu, ajapisan-pisan nyélaki bojomu jaka-lara.16 "Awit Aku sengit karo pegatan,"mengkono pangandikané Pangéran,Allah Kang Mahakwasa. "Aku sengityèn ana wong sing tumindak ambek

Page 1521: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MALEAKHI 2.17–3.2 8

siya karo bojoné. Jaganen awakmu, ajanganti mbubrah janji tresnamu karobojomu jaka-lara."17Kowé padha gawé sekeling galihéPangéran srana tembung-tembungmu.Nanging kowé takon karo Aku,"Kadospundi caranipun kokkawula dipunwastani damel sekeling penggalih?" Oraliya srana tembungmu sing mengkéné,"Pangéran Kang Mahakwasa nganggepwong gawé piala kuwi dudu apa-apa.Diparengaké apa waé." Utawa kowépadha kandha, "Ana ing ngendi ta GustiAllah sing ndhawahaké paukuman?"

31Pangéran Kang Mahakwasa paringwangsulan mengkéné, "Aku bakal

ngutus utusan sing ngrata dalansing bakal Dakambah. Pangéran singkokgolèki kuwi bakal rawuh dadakan, ingPedalemané. Utusan-Ku sing kokarep-arep tekané mau bakal kokdelenglan kuwi sing bakal medharaképrejanjian-Ku."2Nanging sapa sing kuwat ngadhepidina rawuhé Utusané Pangéran mau?Sapa sing bakal tahan urip samasaPanjenengané ngetingal? Panjenengané

Page 1522: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MALEAKHI 3.3–7 9

mau presasat sabun sing keras, kayageni sing ngluluh slaka.3Kaya carané kemasan ngluluh slakalan emas, kaya mengkono UtusanéPangéran bakal nucèkaké para imam,nganti padha bisa nindakaké kurban singpantes konjuk marang Pangéran.4Mula kurban-kurban sing kasaosakédéning wong Yéhuda lan wong Yérusalèmbakal gawé renaning galihé Pangéran,kaya dhèk jaman biyèn.5Pangandikané Pangéran KangMahakwasa mengkéné, "Aku bakalrawuh ngetingal ing antaramu ngadilikowé. Lan Aku sepisan menèh bakalnglawan wong sing padha dadi tukangtenung, wong sing padha laku ngiwa,wong sing dadi seksi palsu, wong singngunthet opahé para buruhé, wong singnindhes randha lan bocah lola, sartawong manca; kuwi wong sing padhanglawan marang dhawuh-Ku."6 "Aku iki Pangéran, kang ora owah-gingsir. Mulané kowé anak-turuné Yakubora bakal sirna.7Ora béda karo para leluhurmu, kowéwis padha nyingkur marang dhawuh-dhawuh-Ku, merga ora koklakoni. Padha

Page 1523: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MALEAKHI 3.8–12 10

mratobata, sowana Aku, lan Aku bakalnunggal karo kowé. Nanging kowé padhamunjuk, ‘Kadospundi caranipun enggènkawula saged sowan Paduka malih?’8Apa bisa manungsa ngapusiAllah, kaya enggonmu ngapusi Aku?Éwasemono kowé padha munjuk,‘Kadospundi enggèn kawula ngapusiPaduka?’ Yakuwi ing bab nyaosaképisungsung prasepuluhan.9Mulané kowé kabèh wis padha kenaing paukuman, ora liya merga sakaenggonmu ngapusi Aku.10Pisungsung prasepuluhan kuwikabèh gawanen menyang gudhangéPedaleman-Ku, supaya ing Pedaleman-Ku anaa tandhon pangan. Banjurtitènana, kowé mesthi Dakwenganikorining langit, sarta Aku bakalngesokaké berkah-Ku marang kowénganti lubèr?11Aku bakal nggusah ama sing ngrusaktanduranmu lan wit anggurmu bakalmetokaké dhompolan akèh.12Kowé bakal disebut bangsa singbegja déning para bangsa kabèh, mergatanahmu becik kanggo manggon."

Page 1524: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MALEAKHI 3.13–17 1113 "Kowé ngrasani ala marang Aku,"mengkono pangandikané Pangéran."Nanging kowé munjuk, ‘Kawula samingraosi awon?’14Kowé padha kandha, ‘Ngabektimarang Pangéran kuwi apa gunané?Apa paédahé nglakoni dhawuh-dhawuhésarta nggetuni piala kita?15Apa sing kita deleng, nyatané wongangkuh rak padha kepénak uripé.Wong ala ora mung kepénak uripé,malah padha wani nyoba marang Allahsrana lakuné sing ala, mangka iya oradikapak-kapakaké!’"16Nanging wong sing ngabekti marangAllah padha rerasanan karo kancané,mangka Pangéran midhanget apa singpadha diucapaké mau. Ana ing ngarsanéPangéran ana kitab kanggo nyathetisakèhé wong sing ngabekti marangPanjenengané lan ngajèni asmané.17Pangandikané Pangéran Allah KangMahakwasa, "Wong-wong kuwi maukagungan-Ku piyambak. Ing dina singwis Daktetepaké Aku bakal maringikawelasan, bakal Dakéman kayabapak ngéman marang anaké singmbangun-turut.

Page 1525: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MALEAKHI 3.18–4.4 1218Kowé bakal weruh menèh bédanéwong sing mursid karo wong duraka,bédané wong sing ngabekti marang Allahkaro sing ora."

41Pangéran Kang Mahakwasangandika mengkéné, "Bakal tekan

mangsané wong angkuh lan wong alakaobong kaya damèn. Ing dina kuwiwong-wong mau bakal kaobong, ngantisirna babar-pisan.2Nanging kanggoné kowé, sing padhambangun-turut marang Aku, kowé bakalpadha kapadhangan déning pangwasa-Ku sing nggawa keslametan, kayasrengéngé sing nekakaké kuwarasansrana panasé. Kowé bakal merdika kayapedhèt sing diwetokaké saka kandhangélan ngalami katentreman.3 Ing dinané Pangéran mau kowé bakalnelukaké wong ala, presasat lebu singkokidak-idak ing sangisoring tlapakaningsikilmu.4Padha élinga marang piwulangéabdi-Ku Musa, dhawuh-dhawuh lanprenatan-prenatan sing Dakparingakémarang Israèl lantaran wong mauana ing Gunung Sinai, supaya padhadièstokaké.

Page 1526: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

MALEAKHI 4.5–6 135Nanging sadurungé tekan dinanéPangéran sing nggegirisi, Aku bakalngutus Nabi Élia nekani kowé.6Kuwi sing bakal mbalèkaké para bapaklan para anak dadi siji menèh, supayaAku ora nganti rawuh lan nyirnakakénegaramu nganti tapis."

Page 1527: Alkitab Bahasa Jawa 1994 - SABDA.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA2_PL_Mazmur-Maleakhi.pdf · rancanganéwongkesrakat,nanging Allahngayomiwong-wongmau. 7Muga-muga Israèl

Bahasa Jawa

==========

Alkitab dalam bahasa Jawa Sehari-hari:

Perjanjian Lama diterjemahkan berdasarkan teks bahasa Ibrani.

Perjanjian Baru diterjemahkan berdasarkan teks bahasa Yunani.

Terjemahan ini diterima dan diakui

oleh Konperensi Waligereja Indonesia.

KABAR KABINGAHAN

KITAB SUCI

mawi Basa Jawa Padintenan

LEMBAGA ALKITAB INDONESIA

JAKARTA 1994

K1TAB SUCI

©LAI, 1994

ISBN 979-463-030-6

IBS 10; JAWA; TJAWAV-062;10M-1994

Old and New Testament

Today's Java Version

Lembaga Alkitab Indonesia

Jln. Salemba Raya 12, Tel. (021) 3142890

Jakarta 10430

Edisi I, cetakan pertama 1994

Dicetak oleh

Percetakan Lembaga Alkitab Indonesia