pl - kejadian s.d. ayub -...

1984

Click here to load reader

Upload: hanhi

Post on 27-Mar-2019

383 views

Category:

Documents


0 download

TRANSCRIPT

AlkitabBahasa Jawa

Edisi Formal 1981

Kejadian s.d. Ayub

PURWANING DUMADI

Gusti Allah nitahake langit lanbumi dalah saisine kabeh

1:1--2:7

11 Ing jaman kawitan Gusti Allah nitahakelangit lan bumi. 2Anadene bumi mau

campur-bawur lan suwung, segara kesaput ingpepeteng, dene Rohe Gusti Allah nglayang ingsadhuwure banyu.3Gusti Allah banjur ngandika: Anaa

pepadhang! Tumuli ana padhang. 4Padhangmau dipirsani wus becik lan Gusti Allahbanjur misahake padhang karo peteng. 5Kangpadhang diparingi aran raina, dene kangpeteng: wengi. Mangkono wus dadi sore lanesuk: dina kang kapisan.6Gusti Allah tumuli ngandika: Anaa

pepenthengan ing antarane banyu, kangmisahake banyu karo banyu. 7Gusti Allahbanjur yasa penthengan sarta misahake banyukang ana ing sangisoring penthengan karobanyu kang ana ing sandhuwure penthenganmau. Lan banjur kelakon. 8Pepenthengan maudiparingi aran: langit. Mangkono wus dadi sorelan wus dadi esuk, dina kang kapindho.9Gusti Allah banjur ngandika: Banyu

kang ana ing sangisore langit ngumpuladadi saenggon, supaya kang asat katona.

PURWANING DUMADI 1.1018 2

Banjur iya kelakon mangkono. 10Kang asatkaparingan aran: bumi, lan kaklumpukanebanyu diparingi aran: segara. Kabeh maudipirsani Gusti Allah wus prayoga.11Apamaneh pangandikane Gusti Allah:

Bumi metokna thethukulan, tetuwuhankang ana wijine, wit-witan kang metu wohewarna-warna kang isi wiji ana ing bumi.Banjur iya kelakon mangkono. 12Bumibanjur nuwuhake thethukulan, sawernaningtetuwuhan kang ana wijine lan sakehingwit-witan kang metokake woh kang isi wiji.Lan iku mau dipirsani Gusti Allah wus prayoga.13Mangkono wus dadi sore lan wus dadi esuk:dina kang katelu.14Gusti Allah banjur ngandika: Ing

pepenthengan langit anaa pepadhang kanggomerang rina lan wengi, lan padha dadiapanengeran sarta titikaning mangsa kangtetep apadene dina lan taun. 15Karomanehpadha dadia pepadhang ana ing pepenthenganlangit supaya madhangi bumi. Lan iya kelakonmangkono. 16Gusti Allah yasa pepadhanggedhe loro, kang gedhe dhewe supayamengkua ing wayah rina, lan kang keparacilik supaya mengkua ing wayah bengi,mangkono uga lintang-lintang. 17 Iku kabehpadha diprenahake dening Gusti Allah anaing pepenthengan supaya madhangi bumi,18 lan supaya mengku wayah awan lan bengi,karomaneh kanggo misahake padhang lanpeteng. Iku kabeh dipirsani Gusti Allah wus

PURWANING DUMADI 1.1926 3

prayoga. 19Kaya mangkono wus dadi sore lanwus dadi esuk, dina kang kaping papat.20Gusti Allah tumuli ngandika: Ing banyu

anaa makhluk urip kang pating kruweluyel-uyelan lan bangsa manuk mabura ingsadhuwure bumi ngliwati pepenthengan.21Gusti Allah nuli nitahake kewan segara kanggedhe-gedhe lan sawernaning makhluk uripkang pating krogel ana ing banyu, apadenesawernaning manuk kang mawa suwiwi.Sarta iku dipirsani Gusti Allah wus prayoga.22Kabeh banjur padha diberkahi dening GustiAllah, pangandikane: Padha bebranahana lantangkar-tumangkara ngebakana banyu segara,sarta bangsa manuk tangkar-tumangkara anaing bumi. 23Mangkono wus dadi sore lan wusdadi esuk, dina kang kaping lima.24Gusti Allah tumuli ngandika: Bumi iki

metokna makhluk kang urip warna-warna,kewan ingon-ingon, kewan kang rumangkang,lan gumremet sarta kewan alasan warna-warna. Banjur iya kelakon kaya mangkono.25Gusti Allah akarya sato-kewan alasanwarna-warna, kewan ingon warna-warna,kewan kang gumremet ana ing bumi warna-warna. Sarta iku dipirsani dening Gusti Allahwus prayoga.26Gusti Allah banjur ngandika: Mara Kita

akarya manungsa kang mirib gambar lanpasemon Kita, iku pada nguwasanana iwaking segara, manuk ing awang-awang, lankewan ingon tuwin bumi iki kabeh sartamarang sarupane kewan kang gumremet

PURWANING DUMADI 1.272.3 4

ana ing bumi. 27Gusti Allah tumuli nitahakemanungsa miturut gambare, anggone nitahakemirib gambaring Allah, lanang karo wadonanggone nitahake. 28Tumuli padha diberkahilan dipangandikani: Padha bebranahanalan tangkar-tumangkara; ngebakana bumilan telukna. Iwak ing segara lan manuk ingawang-awang sarta sakabehing sato-kewankang rumangkang ana ing bumi iku padha sirakuwasanana.29Karomaneh pangandikane Gusti Allah:

Lah ta sira iku padha Sunparingi sarupanethethukulan ing salumahing bumi kangmawa wiji lan sarupane wit-witan kangmetokake woh mawa wiji, iku dadia panganira.30Nanging sakehing sato-kewan ing bumilan sakehing manuk ing awang-awang tuwinsamubarang kang rumangkang ana ing bumi,kang kadunungan nyawa, iku Sunparingitetuwuhan ijo kang dadi pakane. Banjuriya kelakon mangkono. 31Gusti Allah tumulimirsani samubarang yeyasane, lan kabeh wusprayoga linuwih. Mangkono wus dadi sore lanwus dadi esuk, dina kang kaping nem.

21Kaya mangkono iku rampungingdumadine langit, bumi lan saisine kabeh.

2 Ing dina kang kapitu bareng Gusti Allahwus mungkasi pakaryane anggone yeyasa,ing dina kang kapitu banjur kendel anggonekarya samubarang kang wus kayasa iku.3Gusti Allah tumuli mberkahi dina kapitu ikulan disucekake, marga ing dina iku kendelanggone karya samubarang kabeh kang wus

PURWANING DUMADI 2.412 5

katitahake mau. 4Kaya mangkono caritanelangit lan bumi nalika katitahake.Nalika Sang Yehuwah Allah akarya bumi lan

langit, -- 5durung ana thethukulan ing bumilan durung ana tanem-tuwuh kang thukul anaing ara-ara, marga Gusti Allah durung maringiudan marang bumi lan durung ana wong kangnggarap; 6mung ana pedhut mumbul saka ingbumi kang nelesi salumahing bumi, -- 7nalikasamana Sang Yehuwah Allah tumuli akaryamanungsa, kang kinarya lebuning bumi, ikuing bolonganing irunge disebuli ambekaningurip; mangkono manungsa dadi titah kangurip.

Manungsa lan patamanan Eden

2:8-258Karodene Sang Yehuwah Allah yasa

patamanan ana ing tanah Eden ing sisihwetan; ana ing kono anggone mapanakemanungsa kang wus kadamel mau. 9SangYehuwah Allah banjur nukulake wit-witanrupa-rupa saka ing bumi, kang asri dinelenglan becik kanggo pangan, mangkono uga witpanguripan ana ing satengahing patamanan,sarta maneh wit pangawruhing becik lan ala.10Ana bengawan mili saka ing tanah Eden

kang mbanyoni patamanan mau, lan sakaing kono banjur cawang dadi papat: 11kangkapisan jenenge bengawan Pison, kang nekukngubengi tanah Hawila kang akeh pametunemas. 12Emas weton ing tanah kono iku becik.

PURWANING DUMADI 2.1321 6

Ing kono iya ana blendok bedholah lan sotyasoham. 13Bengawan kang kapindho aran:Gihon, iku kang iline nekuk ngubengi satanahKusy. 14Bengawan kang katelu aran: Tigris,kang iline metu sawetane tanah Asyur; lankaping papate iku bengawan Efrat.15Sang Yehuwah Allah mundhut manungsa

mau kapapanake ana ing patamanan Edenkakarsakake ngolah lan ngreksa, 16 sarta SangYehuwah Allah banjur paring dhawuh marangmanungsa mangkene: Sawarnane wohingwit-witan ing patamanan iki kena sira panganing sasenengira, 17nanging wit pangawruhingbecik lan ala iku wohe aja sira pangan. Denesamangsa sira mangan wohe, mesthi sirabakal mati.18Karomaneh ana pangandikane Sang

Yehuwah Allah mangkene: Ora prayogamanungsa iku yen ijen bae; Sunkaryaknerowang kang sembada dadi jodhone. 19NalikaSang Yehuwah Allah wus karya sarupanesato-kewan ing ara-ara lan sarupane manuking awang-awang saka lemah, banjur padhaditekakake ana ing sangarepe manungsa,karsane supaya pirsa kapriye anggone bakalnjenengake, lan jeneng kang diwenehakemanungsa marang sadhengah kang urip mau,iya iku dadia jenenge. 20Mangkono dadinemanungsa menehi jeneng marang sarupanesato-kewan lan manuk ing awang-awangapadene marang sarupane sato ing ara-ara;mung manungsa kang durung duwe rowangkang sembada dadi jodhone. 21Nuli Sang

PURWANING DUMADI 2.223.3 7

Yehuwah Allah ndadekake manungsa turukepati, lan sajrone turu dipundhut iganesiji, dene tilas panggonane balung iga maudiiseni daging. 22 Iga kang kapundhut sakaing manungsa mau banjur diwangun deningSang Yehuwah Allah dadi wong wadon, banjurdiajokake marang ing ngarepe manungsa.23 Ing kono pangucape manungsa: Yaikibalung saka balungku lan daging sakadagingku, iku kaaranana wadon, awit kajupuksaka kang lanang. 24Mulane wong lanangbakal ninggal bapa-biyunge lan rumaketmarang bojone, sarta sakarone iku bakaldadi daging siji. 25Anadene manungsa lanbojone sakarone iku padha wuda, nanging orarumangsa isin.

Manungsa tumiba ing dosa

3:1-24

31Anadene ula iku kang julig dheweing antarane sakehing kewan dharatan

karyane Sang Yehuwah Allah, mangkaiku celathu marang wong wadon mau:Temtunipun Gusti Allah paring dhawuhdhateng sampeyan: Sira aja mangan wohingsarupane wit-witan ing patamanan iki! Rakinggih, ta? 2Pangucape wong wadon marangsi ula: Wohe wit-witan ing patamanan ikikabeh kena bae dakpangan, 3nanging tumrapwohing wit kang ana satengahe patamananiki, ana dhawuhe Gusti Allah mangkene: Ajasira pangan, malah ndemok bae aja, supaya

PURWANING DUMADI 3.411 8

sira aja padha mati. 4Nanging si ula calathumarang wong wadon mau: Boten-botenipunsampeyan sami pejah, 5nanging Gusti Allahmirsa, samangsa sampeyan nedha wohipunwit punika, sampeyan badhe kaparinganawasing paningal, temah dados sami kaliyanGusti Allah, saged nyumerepi ingkang saelan ingkang awon. 6Wong wadon mau nuliweruh yen wit iku becik kanggo panganlan katon nengsemake, lan maneh wit ikumenginake, awit bisa ngolehake kapinteran;tumuli methil wohe lan mangan, kang lanangkang uga ana ing kono iya diwenehi lan iyabanjur mangan. 7 Ing kono mripate wongloro mau padha kabuka, temahan padhasumurup yen wuda; mulane tumuli padhanggandheng-nggandheng godhong anjirkagawe awer-awer.8Sakarone bareng padha krungu sabawane

tindake Sang Yehuwah Allah lumampah ingpatamanan, mbeneri wayah sumiliring anginraina, manungsa lan kang wadon banjurpadha ndhelik saka ing ngarsane SangYehuwah Allah, ana ing satengahe wit-witaning patamanan.9Nanging Sang Yehuwah Allah tumuli nimbali

marang manungsa, pangandikane: Sira anaing ngendi? 10Unjuke kang kadangu: Kawulamireng swaraning tindak Paduka wonten ingpatamanan, temah kawula ajrih, amargi wuda;pramila kawula lajeng ndhelik. 11Gusti Allahngandika: Sapa kang aweh weruh marangsira yen sira iku wuda? Apa sira mangan

PURWANING DUMADI 3.1218 9

wohing wit kang Sunwalerake marang sirasupaya aja sira pangan? 12Unjuke manungsa:Tiyang estri ingkang Paduka paringakendados sisihan kawula, punika ingkang nyukaniwohing wit wau dhateng kawula, lajeng kawulatedha. 13Sang Yehuwah Allah tumuli ngandikamarang wong wadon: Pratingkah apa kangwus sira lakoni? Unjuke wong wadon: Sawerpunika ingkang ngapusi kawula, kawula lajengnedha. 14 Ing kono Sang Yehuwah Allahbanjur ngandika marang si ula: Sarehne siranglakoni kang mangkono iku, sira kena ingipat-ipat ana ing antarane kewan ingon-ingonlan ing antarane sato ing ara-ara; lakunirabakal nlosor nlapak weteng sarta lebu kangbakal dadi panganira sajegira urip. 15KarodeneIngsun bakal ndadekake memungsuhan ingantarane sira lan wong wadon iki, lan ingantarane turunira lan turune wong wadoniki; turune wong wadon iki bakal ngremukendhasira lan sira bakal ngremuk tungkake.16Wong wadon iku didhawuhi mangkene:Ingsun bakal ngakehake banget karepotaneanggonira meteng, klawan rekasa anggonirabakal nglairake anak; sira bakal kayungyunmarang bojonira lan iku bakal mengkumarang sira. 17Sarta marang manungsapangandikane: Sarehne sira nuruti tembungesomahira sarta mangan wohing wit kang wusSundhawuhake marang sira supaya aja sirapangan, mulane bumi kena ing ipat-ipat margasaka sira. Kalawan rekasa anggonira bakalmangan pametune ing sajegira urip. 18Eri lan

PURWANING DUMADI 3.194.1 10

rerungkudan kang bakal diwetokake kanggosira, sarta tetuwuhan ing bumi kang bakal dadipanganira. 19Anggonira mangan rejeki bakalkalawan kringeten rainira, nganti tumeka sirabali marang bumi kang dadi asalira. Amargasira iku lebu, lan sira bakal bali dadi lebumaneh.20Anadene manungsa menehi jeneng Kawa

marang sisihane, amarga iku dadi lajeringsakehing ngaurip.21Sang Yehuwah Allah banjur ngaryakake

sandhangan walulang marang manungsa lankang wadon, sarta dianggokake.22Sang Yehuwah Allah tumuli ngandika: Lah

ta, manungsa iku wus dadi pepadhaningSun,bisa ngawruhi kang becik lan kang ala. Kangiku aja nganti mulung tangane methil lanmangan wohing wit panguripan temah uriplanggeng. 23Mulane banjur ditundhung deningSang Yehuwah Allah saka ing patamananEden, kakarsakake ngolah bumi kang dadiasale. 24Sawuse manungsa katundhung metu,Sang Yehuwah Allah banjur mrenahake kerubsawatara ana ing sawetane patamanan Eden,kanthi pedhang murub kang mobat-mabit,kanggo njaga dalan kang anjog ing witpanguripan.

Kain lan Abel

4:1-16

41Kacarita manungsa iku banjur sapaturonkalawan Kawa bojone, iku banjur ngandheg

PURWANING DUMADI 4.211 11

sarta anak-anak Kain, pangucape Kawa:Aku wus oleh wong lanang marga sakapitulungane Gusti Allah. 2Sawuse iku nulinglairake Abel, adhine Kain; Abel mau dadipangon wedhus lan Kain dadi wong tani.3Kacarita sawuse kelakon sawatara mangsaKain ngaturake kurban marang Sang Yehuwahawujud pametune bumi, 4dene Abel iyangaturake kurban awujud cempe pembarepsagajihe. Anadene Sang Yehuwah karenanmarang Abel lan kurbane, 5nanging Kain lankurbane ora ndadekake pirenane. Jalaran sakaiku atine Kain panas banget lan peteng ulate.6Sang Yehuwah tumuli ngandika marangKain: Yagene atinira panas lan yagene ulatirapeteng? 7Yen sira gawe becik apa ulatira orabakal padhang? Nanging manawa sira oragawe becik, si dosa wus ndhedhep ana ingngarep lawang sarta banget anggone nggodhasira, nanging sira kudu bisa nelukake. 8Kainbanjur tutur marang Abel adhine: Payo padhamenyang ara-ara kana. Nanging barengtekan ing ara-ara, Kain banjur ngepruk Abeladhine sarta dipateni. 9Sang Yehuwah banjurndangu marang Kain: Abel adhinira anangendi? Unjuke kang kadangu: Kawula botensumerep, punapa kawula pamomongipun adhikawula? 10Pangandikane Sang Yehuwah:Pratingkah apa kang wus sira lakoni? Getiheadhinira Abel sesambat marang Ingsunsaka bumi. 11 Ing samengko sira kena ingipat-ipat kabuwang adoh saka ing bumi kangwus ngangapake cangkeme nadhahi getihe

PURWANING DUMADI 4.1219 12

adhinira Abel saka tanganira. 12Samangsasira ngolah bumi, pametune ora bakalsamesthine, sira bakal kaya wong keplayulan nglembara ana ing bumi. 13Kain tumulimunjuk marang Sang Yehuwah: Paukumankawula punika ageng sanget ngantos kawratankawula sanggi. 14Lah kawula samangkePaduka tundhung saking ngriki, saha kawulabadhe kaling-kalingan wonten ing paningalPaduka, kawula badhe dados tiyang ingkangkeplajeng saha nglembara wonten ing bumi;kawula lajeng badhe dipun pejahi deningsintena kemawon ingkang kapanggih kaliyankawula. 15Nanging pangandikane SangYehuwah: Babar pisan ora! Sapa kang mateniKain, bakal kawales tikel pitu. Kain tumulidiparingi tenger dening Sang Yehuwah supayaaja nganti dipateni dening sapa bae kangmrangguli. 16Kain banjur lunga saka ingngarsane Sang Yehuwah, lan manggon ana ingtanah Nod, sawetane tanah Eden.

Bab tedhak-turune Kain, Set lan Enos

4:17-2617Kacarita Kain sapaturon karo bojone, iku

banjur ngandhut, sarta anak-anak Henokh;sawuse mangkono Kain banjur mbangunkutha, kutha mau dijenengake Henokh, kayajenenge anake. 18Henokh nurunake Irad, Iradnurunake Mekhuyael, Mekhuyael nurunakeMetusael. Metusael nurunake Lamekh.19Anadene Lamekh mau bojone loro, kang siji

PURWANING DUMADI 4.205.2 13

jenenge Ada, sijine Zila. 20Ada nglairake Yabal,iku dadi lelurine wong kang padha manggoning tarub lan ngingu raja-kaya. 21Dene adhinejenenge Yubal, iku dadi lelurine para panyiterlan panyuling. 22Zila uga nglairake anak yaikuTubal-Kain, lelurine para tukang tembaga lanpandhe wesi, dene adhine Tubal-Kain mauwadon, jenenge: Naama.23Lamekh mau tutur marang somahe

sakarone: Ada karo Zila, rungokna swaraku,he somahe Lamekh, tilingna tembungkuiki: Wong kang natoni aku wus dakpateni,mangkono uga jejaka kang gawe mlicetku.24Sabab yen ta Kain kudu diwalesake tikelpitu, Lamekh kudu diwalesake tikel pitungpuluh pitu.25Anadene Bapa Adam wus sapaturon

karo bojone maneh, iku banjur nglairakeanak lanang kang dijenengake Set, sababpangucape: Gusti Allah wus maringi anaklanang liyane minangka sasulihe Abel, margaiku wus dipateni Kain. 26Set uga duweanak lanang, dijenengake Enos. Wiwit nalikasamana wong padha wiwit memuja nyebutasmane Sang Yehuwah.

Tedhak turune Bapa Adam

5:1-32

51 Iki sarasilahe turune Bapa Adam. NalikaGusti Allah nitahake Bapa Adam, anggone

karya nulad pasemone Gusti Allah. 2Anggonenitahake lanang lan wadon sarta padha

PURWANING DUMADI 5.316 14

diberkahi tuwin disebut: Manungsa yaikuing nalikane padha katitahake. 3Bareng BapaAdam umur satus telung puluh taun, nuli duweanak kang ngemperi rupa lan pasemone,dijenengake: Set. 4Sawuse duwe anak Setmau, Bapa Adam isih ginanjar umur wolungatus taun maneh, sarta duwe anak lanang lanwadon. 5Dadi gunggunge umure Bapa Adamsangang atus telung puluh taun, banjur tinggaldonya.6Nalika Set umur satus lima taun, duwe anak

Enos. 7Sawuse anak-anak Enos mau, Set isihdiganjar umur maneh wolung atus pitu taun,sarta duwe anak lanang lan wadon. 8Dadigunggunge umure Set sangang atus rolastahun, banjur ngajal.9Nalika Enos umur sangang puluh taun,

duwe anak Kenan. 10Sawuse anak-anakKenan, Enos isih diganjar umur maneh wolungatus limalas taun, sarta duwe anak lananglan wadon. 11Dadi gunggunge umure Enossangang atus lima taun, banjur ngajal.12Nalika Kenan umur pitung puluh taun,

duwe anak Mahalaleel. 13Sawuse anak-anakMahalaleel, Kenan isih diganjar umur manehwolung atus patang puluh taun, sarta duweanak lanang lan wadon. 14Dadi gunggungeumure Kenan sangang atus sepuluh taun,banjur ngajal.15Nalika Mahalaleel umur sawidak lima taun,

duwe anak Yared. 16Sawuse anak-anak Yared,Mahalaleel isih ginanjar umur maneh wolungatus telung puluh taun sarta duwe anak

PURWANING DUMADI 5.1730 15

lanang lan wadon. 17Dadi gunggunge umureMahalaleel wolung atus sangang puluh limataun, banjur ngajal.18Nalika Yared umur satus sawidak loro taun,

duwe anak Henokh. 19Sawuse anak-anakHenokh, Yared isih diganjar umur manehwolung atus taun, sarta duwe anak lananglan wadon. 20Dadi gunggunge umure Yaredsangang atus sawidak loro taun, banjur ngajal.21Nalika Henokh umur sawidak lima taun,

banjur duwe anak Metusalakh. 22Henokhsawuse anak-anak Metusalakh mau, lakunetinunggil dening Gusti Allah, lan isih diparingiumur telung atus taun, sarta kaparingananak lanang lan wadon. 23Dadi gunggungeumure Henokh telung atus sawidak lima taun.24Henokh lakune tinunggil dening Gusti Allah,banjur ora ana, amarga wus kapulung deningGusti Allah.25Nalika Metusalakh umur satus wolung

puluh pitu taun, duwe anak Lamekh. 26Sawuseanak-anak Lamekh, Metusalakh isih diganjarumur pitung atus wolung puluh loro taun,sarta duwe anak lanang lan wadon. 27Dadigunggunge umure Metusalakh sangang atussawidak sanga taun, banjur ngajal.28Nalika Lamekh umur satus wolung

puluh loro taun, duwe anak lanang, 29 ikudijenengake Nuh, celathune: Bocah iki bakalaweh panglipur marang kita ing sajroningpagawean kita kang ngrekasa banget anaing bumi kang wus kena ing ipat-ipate SangYehuwah iki. 30Sawuse anak-anak Nuh,

PURWANING DUMADI 5.316.6 16

Lamekh isih diganjar umur limang atussangang puluh lima taun, sarta kaparingananak lanang lan wadon. 31Dadi gunggungeumure Lamekh pitung atus pitung puluh pitutaun, banjur ngajal.32Nalika Nuh umur limang atus taun, duwe

anak Sem, Kham lan Yafet.

Pialaning manungsa

6:1-8

61Kacarita nalika manungsa wus wiwitngambra-ambra ana ing bumi lan padha

duwe anak wadon, 2para putraning Allahbareng weruh anake wadon para manungsaiku padha ayu-ayu, temah padha ngalapsomah marang iku, milih endi kang disenengi.3 Ing kono pangandikane Sang Yehuwah:RohingSun ora bakal salawase tetunggalankaro manungsa, amarga mung awujud daging,mulane ing sabanjure umure mung bakal karisatus rong puluh taun. 4 Ing nalika samanaing bumi ana bangsa kang wong-wonge gedhedhuwur; ing sapungkure iku iya ana, ingnalikane para putraning Allah padha aworkaro anake wadon para manungsa sarta ikupadha duwe anak, iya iku para wong kanggagah prakosa ing jaman kuna kang jenengemisuwur.5Bareng Sang Yehuwah mirsa yen gedhe

durakane para manungsa ana ing bumi,lan saobah-osiking atine sajege mung alabae, 6 ing kono Sang Yehuwah piduwung

PURWANING DUMADI 6.714 17

dene akarya manungsa ana ing bumilan sekel galihe. 7Pangandikane SangYehuwah: Manungsa kang wus Suntitahakeiku bakal Sunsirnakake saka ing lumahebumi, manungsa dalah kewan ingon-ingon,apadene kewan rumangkang, sarta manuk ingawang-awang pisan; sabab Ingsun piduwunganggoningSun karya. 8Nanging Rama Nuhiku manggih sih ana ing pangayunane SangYehuwah.

Sejarahe Rama Nuh

6:9-229 Iki sejarahe Rama Nuh. Rama Nuh iku

wong mursid tanpa cacad ana ing antaranepara barakane. Salampah tindake ana ingpatunggilane Gusti Allah. 10Rama Nuhkagungan putra kakung telu: Sem, Kham lanYafet. 11Anadene bumi iku ana ing ngarsaneGusti Allah katon wus rusak lan kebakpanganiaya. 12Bareng Gusti Allah mirsanibumi, nyata-nyata yen iku wus rusak banget,awit sarupane titah wus padha mblasar lakuneana ing bumi.13Gusti Allah tumuli ngandika marang Rama

Nuh: Ingsun wus mutus bakal mungkasiuripe makhluk kabeh, marga bumi wuspadha dikebaki panganiaya; mulane bakalSunsirnakake bareng karo bumi. 14Sira gaweaprau kanggo sira, kang kagawe kayu gofir,panggawene sira singget-singgeta, sarta ingjaba lan jerone sira usara nganggo aspal

PURWANING DUMADI 6.1522 18

kang kenthel. 15Dene anggonira gawe ikumangkene: dawane prau telung atus asta,ambane seket asta, dhuwure telung puluhasta. 16Praune sira wenehana cendhelamubeng, lete saasta saka payon, lawangeprenahna ana ing awake prau. Anggonira gaweprau sungsun-sungsun, ngisor, tengah landhuwur. 17Awit dene Ingsun bakal nekakakebanjir kang nglimputi bumi, kanggo nyirnakakesarupaning jinis kang urip lan kadunungannyawa ing sangisore langit; sakabehe kangana ing bumi bakal mati. 18Nanging karo siraIngsun karsa damel prasetyaningSun, sirabakal lumebu ing prau iku, sira lan anak-anakira, somahira lan somahe anak-anakira.19Apamaneh samubarang kang urip, sarupanemakhluk, iku sira nggawaa mlebu ing prausajodho-sajodho, supaya padha kapitulunganaurip bareng karo sira; saben jinis lanang lanwadon. 20Sawernaning manuk lan kewannusoni, apadene sawernaning kewan kangrumangkang nlosor lan gumremet ana ingbumi, iku saben jinis ana sajodho kangbakal nekani sira supaya kapitulungana urip.21Sabanjure sira nglumpukna samubarangkang kena dipangan, kagawe tandhon kanggopanganira lan pakane kewan iku mau kabeh.22Rama Nuh tumuli nglampahi, ngestokakeapa sadhawuhe Gusti Allah mau kabeh.

PURWANING DUMADI 7.19 19

Banjir gedhe

7:1-24

71Sawuse mangkono Sang Yehuwah nulingandika marang Rama Nuh: Sira lan

sabrayatira kabeh padha lumebua ing prau,amarga sira iku Sunpirsani tinemu resikana ing antarane jinis iki. 2Sarupane kewankang kalal sira njupuka pitung jodho, lananglan wadon, dene kewan kang ora kalal ikumung sajodho-sajodho, lanang lan wadon.3Mangkono uga manuk ing awang-awangiya mitung jodho, lanang lan wadon, supayakenaa kanggo bibit ana ing salumahe bumi.4Amarga pitung dina engkas, Ingsun bakalnekakake udan ing bumi lawase patang puluhdina patang puluh bengi, sarta sakehingdumadi karyaningSun bakal Sunsirnakakesaka ing salumahe bumi. 5Rama Nuh nulingestokake apa sadhawuhe Sang Yehuwahkabeh. 6Nalika tekane banjir gedhe kangngelebi bumi, yuswane Rama Nuh nem atustaun. 7Rama Nuh tumuli lumebet ing praudalah para putrane, kang garwa lan garwanepara putrane, marga saka tekane banjir mau.8Kewan kang kalal lan kang ora kalal apadene manuk lan kabeh kang rumangkangnlosor lan gumremet ana ing bumi, 9 ikupadha mara nekani Rama Nuh ana ing prausajodho-sajodho, kaya kang dadi dhawuheGusti Allah marang Rama Nuh.

PURWANING DUMADI 7.1019 2010Kacarita sawuse antara pitung dina mau,

banyune banjir gedhe ngelebi bumi. 11Nalikayuswane Rama Nuh wus nyandhak nem atustaune, ing sasi kapindho tanggal pitulas,sakehe umbule samodra-raya kang nggegirisipadha bedhah lan cendhelaning langit padhakabukak, 12 tumuli kelakon udan deres bangetgumrojog ing bumi lawase patang puluh dinapatang puluh bengi. 13 Ing dina iku uga RamaNuh dalah Sem, Kham lan Yafet para putrane,garwane Rama Nuh sarta garwane paraputrane padha munggah ing prau, 14 iku kabehdalah sakehe sato-kewan warna-warna, kewaningon-ingon warna-warna, tuwin sakehekewan rumangkang nlosor lan gumremet kangana ing bumi warna-warna, lan sawernanemanuk yaiku kabeh kang mawa elar lansuwiwi. 15Kabeh kang urip lan duwe nyawamau padha nekani Rama Nuh lumebu ingprau nyajodho. 16Kang padha nekani ikulanang lan wadon saka sarupaning makhlukkang urip, kaya kang kadhawuhake deningGusti Allah marang Rama Nuh. Lan sawusemangkono lawange prau diinebake deningSang Yehuwah ana ing saburine RamaNuh. 17Anadene banjir gedhe mau anggonengelebi bumi patang puluh dina; banyunesaya agung njalari praune kangkat mumbulsaka ing bumi. 18Banyune saya wuwuhlan saya agung ngedab-edabi ngungkulibumi, satemah praune kumambang ana inglumahing banyu. 19Wasana undhake banyuneluwih dening banget mratani salumahing

PURWANING DUMADI 7.208.2 21

bumi, nganti kelakon nutupi gunung-gunungkang dhuwur-dhuwur ing sangisore langit.20Gunung-gunung mau kungkulan banyu kangsaya wuwuh iku nganti limalas asta, temahanpadha kasasaban, 21 lan sarupane titah kangmobah-mosik ana ing bumi padha mati kabeh:bangsaning manuk, kewan ingon-ingon,buron alas, sarupane kewan rumangkangnlosor lan gumremet kang kumroyok anaing bumi, dalah sakehe manungsa padhamati. 22Sadhengah kang mawa ambekaningnyawa urip ing bolonganing irunge, sapirakang ana ing dharatan, iku pada mati kabeh.23Mangkono kadadeane sarupaning tumitahkang ana ing lumahing bumi, padha katumpesdening Gusti Allah, wiwit saka manungsa tekankewan rumangkang nlosor lan gumremet sartamanuk ing awang-awang, padha tumpes sirnasaka ing bumi, mung Rama Nuh piyambakkang isih sugeng lan kabeh kang katut anaing prau. 24Anadene banyune anggone tetepngungkuli bumi lawase nganti satus seketdina.

Suruding banjir

8:1-22

81Gusti Allah tumuli ngengeti marang RamaNuh lan marang sarupane kewan alasan lan

kewan ingon-ingon kang padha melu ana ingsajrone prau; sarta Gusti Allah ndhatengakeangin ana ing bumi, temah banyune wiwitsurud. 2Karodene umbuling samodra-raya

PURWANING DUMADI 8.313 22

lang cendhelaning langit padha ditutup, sartaudan deres saka ing langit banjur terang,3 temahan banyune saka sathithik larud sakaing bumi, dadine saya angok sawuse antarasatus seket dina mau. 4Nalika sasi kapitutanggal kaping pitulas, praune kandhas anaing pagunungan Ararat. 5Banyune tansahsaya suda-suda nganti tekan sasi sapuluh.Bareng sasi sapuluh tanggal sapisan, pucakegunung-gunung wiwit padha katon.6Kacarita bareng wus kelakon patang puluh

dina, Rama Nuh ngengakake cendhelaningprau yasane, 7 sarta nguculake manuk gagak,iku mabur bola-bali nganti tekan asate banyusaka ing bumi. 8Sawuse mangkono banjurngeculake manuk dara, karsane ngyektosiapa banyune wus surud saka ing lumahingbumi, 9nanging sarehne dara mau ora olehpencokan kanggo tlapakane sikile, mulanebali marang ing ngarsane Rama Nuh menyanging prau maneh, marga salumahing bumi isihwarata katutupan banyu. Rama Nuh banjurmulung astane, ngasta manuk dara maudilebetake ing prau. 10Nuli ngentosi pitungdina engkas, darane banjur dieculake manehsaka ing prau. 11Barang wayah sore dara maubali karo nggondhol godhong jaitun kang isihseger ana ing cucuke; dadine Rama Nuh mirsayen banyune wis meh asat saka ing bumi.12Sawuse iku ngentosi maneh pitung dina,darane tumuli dieculake, nanging wus orabali marang ing ngarsane Rama Nuh maneh.13Nalika yuswane Rama Nuh ganep nem atus

PURWANING DUMADI 8.1421 23

siji taun, ing sasi kapisan tanggal sapisan,banyune wis larud saka ing bumi. Rama Nuhbanjur mbikak payone prau, sarta mirsa yenlumahe bumi wus asat. 14Lan nalika sasikapindho tanggal pitulikur bumine wus gasik.15Gusti Allah tumuli ngandika marang

Rama Nuh, dhawuhe: 16 Sira metua sakaing prau, sira dalah somahira, anakira lansomahe anakira. 17Mangkono uga sarupanesato-kewan kang melu sira, kabeh kang uripdadia bangsane manuk, bangsane kewaningon-ingon, kewan kang rumangkang nlosorlan kang gumremet ana ing bumi, iku padhasira wetokna bebarengan karo sira; karebenpadha ngambra-ambra ana ing bumi lanbebranahan, tangkar-tumangkar ana ingbumi. 18Rama Nuh banjur miyos dalah paraputrane, garwane lan garwane para putrane,19apadene sarupane buron alas, kewan kangnlosor lan gumremet, sarta sakehing manuk,iya sakabehe kang mobah-mosik ana ing bumimawa-mawa jinise, kabeh padha metu sakaing prau. 20Rama Nuh tumuli yasa misbyahkonjuk marang Sang Yehuwah, sarta mundhutpanunggalane kewan ingon-ingon kang kalallan bangsa manuk kang kalal disaosakedadi kurban obaran ana ing misbyah mau.21Bareng Sang Yehuwah mambet ganda arum,tumuli ngunandika mangkene: Ing sabanjureIngsun ora bakal nyupaosi bumi maneh jalaransaka manungsa, marga saobah-osiking atinemanungsa iku dhasar ala wiwit nom mula;sarta ing sabanjure Ingsun numpes maneh

PURWANING DUMADI 8.229.6 24

marang sarupane kumelip, kaya kang wusSuntindakake. 22Salawase bumi ana, mesthibakal ora kendhat mangsane nyebar lanpanen, mangsa atis lan panas, ketiga lanrendheng, rina lan wengi.

Prajanjiane Gusti Allahkalawan Rama Nuh

9:1-17

91Gusti Allah tumuli mberkahi marangRama Nuh lan marang para putrane, sarta

padha kapangandikanan mangkene: Padhabebranahana lan tangkar-tumangkara sartangebakana bumi. 2Sarupane sato-kewan ingbumi lan sarupane manuk ing awang-awangiku bakal padha wedi lan giris marang sira;iya sakabehe kang mobah-mosik ana ingbumi, dalah sarupane iwak ing sagara ikupadha sira kuwasanana. 3Sadhengah kangmobah-mosik kang urip iku dadia panganira.Iku kabeh wus Sunparingake marang sira;mangkono uga tetuwuhan kang ijo; 4mungdaging kang isih ana nyawane, iya ikugetihe, iku aja sira pangan. 5Nanging tumrapgetihira dhewe, yaiku nyawanira iku mesthiSunpundhut pulihe; tumrap sadhengahakewan iya Sunpundhut pulihe, mangkono ugasaka tangane manungsa, iya saka siji-sijiningwong anggoningSun bakal mundhut pulihenyawane manungsa. 6Sapa kang ngwutahakegetihing manungsa, iku mesthi diwutahakegetihe dening manungsa, awitdene Gusti

PURWANING DUMADI 9.715 25

Allah anggone akarya manungsa iku kangtinulad pasemone pribadi. 7Anadene sira ikupadha bebranahana lan tangkar-tumangkara,ngambra-ambraa lan mundhak-mundhaka anaing bumi.8Sabanjure Gusti Allah ngandika marang

Rama Nuh lan marang para putranepisan, mangkene: 9 Lah Ingsun damelprasetyaningSun karo sira lan karo turuniraing sapungkurira, 10apadene karo sadhengahmakhluk urip kang melu sira ana ing prau,iya bangsaning manuk, kewan ingon-ingontuwin kabeh kewan alasan ing bumi kang melusira, kang wus padha metu saka ing prau,iya sarupane sato-kewan ing bumi. 11 Ingsunnganakake prasetyaningSun karo sira, yensabanjure bakal ora kelakon maneh makhlukkang urip katumpes dening banjir, lan bakalora ana banjir gedhe maneh kang nyirnakakebumi. 12Gusti Allah banjur nyambetipangandika: Iki pratandhane prasetya kangSundamel ing antaraningSun lan sira tuwinsadhengah makhluk kang urip kang melu sira,nganti turun-tumurun kanggo ing salawase.13KluwungingSun Sunpapanake ana ingmendhung, iku kang minangka tandhaningprasetyaningSun lan bumi. 14Manawa ingtembe Ingsun ngumpulake mendhung ana ingsadhuwure bumi, lan kluwung mau banjurkaton ana ing mendhung, 15 ing kono Ingsunmesthi bakal enget marang prasetyaningSunkang ana ing antarane Ingsun kalawansira tuwin sadhengah makhluk kang urip

PURWANING DUMADI 9.1624 26

kang kadunungan nyawa, temah banyuora bakal dadi banjir gedhe maneh, kangnyirnakake kabeh kang urip. 16Samangsakluwung katon ana ing mendhung, iku bakalSunpirsani satemah Ingsun banjur engeting prasetyaningSun kang langgeng ingantaraning Allah lan kabeh makhluk kangurip, kabeh makhluk kang ana ing bumi.17Tumuli Gusti Allah ngandika maneh marangRama Nuh: Yaiki pratandhaning prasetyan ingantrane Ingsun lan sarupane makhluk kangana ing bumi.

Rama Nuh lan para putrane

9:18-2918Para putrane Rama Nuh kang padha metu

saka prau, iya iku: Sem, Kham lan Yafet. DeneKham iku bapakne Kanaan. 19Telu iku maupadha putrane Rama Nuh, lan marga sakaanane wong telu mau sajagad kabeh kaisenaning wong. 20Rama Nuh miwiti tetanen landamel pakebonan anggur, 21nanging barengngunjuk anggur, banjur wuru nganti kelukaranana ing tarube. 22Bareng Kham, bapakneKanaan, weruh kang ramane lukar, banjurnyaritakake bab iku marang sadulure karopisan ana ing jaba. 23Nanging Sem lan Yafettumuli njupuk jubah, banjur ditumpangakeing pundhake, sarta nutupi kalingsemanekang rama klawan lumaku mungkur, rainepadha mengo, satemah ora nganti weruhkalingsemane kang ramane. 24Bareng Rama

PURWANING DUMADI 9.2510.5 27

Nuh wungu sarta wurune wus ilang, miyarsabab tumindake putrane wuragil marangsarirane, 25 tumuli ngandika:Kenaa ing ipat-ipat si Kanaan,dadia baturing para bature sadulure.

26Banjur ngandika maneh:Pinujia Sang Yehuwah, Allahe Sem,lan Kanaan iku dadia bature.

27Gusti Allah njembarna papan padununganeYafet,

lan manggona ing tarube Sem,tuwin Kanaan iku dadia bature.28Sawuse banjir gedhe Rama Nuh isih

kaparingan yuswa telung atus seket taun.29Dadi gunggunge yuswane Rama Nuhsangang atus seket taun, banjur seda.

Pratelan bab para turuneSem, Kham lan Yafet

10:1-32

101 Iki tedhak-turune para putrane RamaNuh: Sem, Kham lan Yafet. Anggone

padha kaparingan anak sawuse banjir gedhe.2Turune Yafet yaiku: Gomer, Magog, Madai,

Yawan, Tubal, Mesekh lan Tiras. 3TuruneGomer: Askenas, Rifat lan Togarmah.4Turune Yawan: Elisa, Tarsis, bangsa Kitimlan bangsa Dodanim. 5 Iku padha nurunakebangsa-bangsa kang pencar-pencar ngenggonitanah pasisir wengkone para bangsa. Yaikuturune Yafet, mawa-mawa tanahe, basane,golongane lan bangsane.

PURWANING DUMADI 10.622 286Turune Kham yaiku: Kusy, Misraim, Put lan

Kanaan. 7Turune Kusy: Seba, Hawila, Sabta,Raema lan Sabtekha; lan turune Raema:Syeba lan Dedan. 8Kusy anak-anak Nimrod;iku wong kang miwiti duwe pangwasa anaing bumi; 9dadi juru mbebedhag kang gagahprakosa ana ing ngarsane Sang Yehuwah,jalaran saka iku nganti ana pocapan: KayaNimrod pambedhag kang gagah prakosa anaing ngarsane Sang Yehuwah. 10Karajane kangwiwitan yaiku Babil, Erekh, Akad lan Kalne ingtanah Sinear. 11Saka kono banjur menyanging Asyur yasa kutha Ninewe, Rehobot-Ir lanKalakh, 12apadene Resen ana ing antaraneNinewe lan Kalakh, iku kutha kang gedhe.13Misraim nurunake bangsa Ludim, bangsaAnamim, bangsa Lehabim, bangsa Naftukhim,14bangsa Patrusim, bangsa Kaslukhim lanbangsa Kaftorim, yaiku kang nurunake bangsaFilisti. 15Kanaan nurunake Sidon, iku anakepambarep lan Het, 16apadene bangsa Yebusi,bangsa Amori, bangsa Girgasi, 17bangsaHewi, bangsa Arki lan bangsa Sini, 18bangsaArwadi, bangsa Semari lan bangsa Hamati.Ing tembe bangsa Kanaan iku banjur sumebar.19Wilayahe bangsa Kanaan iku, yaiku wiwitsaka ing Sidon, ing urute Gerar tekan ingGaza, ing penere Sodom, Gomora, Adma lanZeboim tutug ing Lasa. 20 Iku mau turuneKham, pamanggone mawa-mawa golongane,basane, tanahe lan bangsane.21Sem, leluhure bani Eber, sadulure tuwa

Yafet, iku iya duwe anak. 22Tedhak-turune

PURWANING DUMADI 10.2311.4 29

Sem yaiku: Elam, Asyur, Arpakhsad, Lud lanAram. 23Tedhake Aram: Us, Hul, Geter lanMas. 24Arpakhsad anak-anak: Selah lan Selahanak-anak: Eber; 25Eber duwe anak lanangloro, kang siji jenenge Peleg, marga nalikasamana bumi kabage, dene adhine jenengeYoktan; 26Yoktan nurunake Almodad, Selef,Hazar-Mawet, Yerakh, 27Hadoram, Uzal, Dikla,28Obal, Abimael, Syeba, 29Ofir, Hawila lanYobab; iku mau kabeh padha turune Yoktan.30Wilayahe wiwit saka ing Mesa tutug ingSefar ing pagunungan sisih wetan. 31 Ikumau padha turune Sem, miturut golongane,basane, tanahe lan bangsane.32Kabeh mau tedhak-turune Rama Nuh,

miturut kang pada nurunake, miturut bangsa-bangsane. Iku padha nurunake bangsa-bangsakang pating prenca pamanggone ana ing bumisawuse banjir gedhe.

Menara Babil

11:1-9

111Anadene wong sajagad iku padhatunggal basa lan tunggal tembung.

2Kacarita bareng padha lumaku mangetan,banjur weruh ara-ara jembar ing tanah Sinear,tumuli padha manggon ana ing kono. 3Banjurpadha rasanan: Payo padha nyithak batalan diobong kang mateng. Batane kanggowatu pasangan, lan kang digawe lepane aspal.4Pangucape maneh: Payo padha yasa kutha,nganggo menara kang pucake sundhul langit,

PURWANING DUMADI 11.512 30

supaya jeneng kita dadi misuwur lan kitaaja nganti pating slebar ana ing salumahebumi. 5Sang Yehuwah tumuli tumedhakkarsa mirsani kutha lan menara kang lagidibangun dening para anaking manungsamau; 6 sarta pangandikane Sang Yehuwah:Lah wong-wong iku padha tunggal bangsa lantunggal basa; iki lagi wiwitaning kekarepane,mengko rak bakal wus ora kena diendhakakeapa kang dadi sedyane. 7Payo, Kita padhatumedhak lan ngisruhake basane, supayasiji lan sijine aja nganti ngreti basane.8Mangkono dadine Sang Yehuwah mbubarakewong-wong mau saka ing kono menyang ingsalumahing bumi, temahan padha kandheganggone padha yasa kutha. 9Mulane tilasemau diarani: Babil, marga ana ing konoSang Yehuwah anggone ngisruhake basanewong-wong ing salumahing bumi, lan sakaing kono Sang Yehuwah anggone mbuyarakewong-wong mau menyang ing salumahingbumi.

Para turune Sem

11:10-2610 Iki tedhak-turune Sem. Sem nalika umur

satus taun, anak-anak Arpakhsad, antararong taun sawuse banjir gedhe. 11Sawuseanak-anak Arpakhsad, isih diganjar umurmaneh limang atus taun, sarta duwe anaklanang lan wadon. 12Arpakhsad nalika umurtelung puluh lima taun, duwe anak Selah.

PURWANING DUMADI 11.1326 3113Sawuse anak-anak Selah, Arpakhsad mauisih diganjar umur maneh patang atus telutaun, sarta duwe anak lanang lan wadon.14Selah nalika umur telung puluh taun, duweanak Eber. 15Sawuse anak-anak Eber, Selahisih diganjar umur maneh patang atus telutaun, sarta duwe anak lanang lan wadon.16Eber nalika umur telung puluh papat taun,duwe anak Peleg. 17Sawuse anak-anak Peleg,Eber mau diganjar umur maneh patang atustelung puluh taun, sarta duwe anak lananglan wadon. 18Peleg nalika umur telung puluhtaun, duwe anak Rehu. 19Sawuse anak-anakRehu, Peleg isih diganjar umur maneh rongatus sanga taun, sarta duwe anak lanang lanwadon. 20Rehu nalika umur telung puluh lorotaun, duwe anak Serug. 21Sawuse anak-anakSerug, Rehu mau isih diganjar umur manehrong atus pitu taun, sarta duwe anak lananglan wadon. 22Serug nalika umur telung puluhtaun, duwe anak Nahor. 23Sawuse anak-anakNahor, Serug mau isih diganjar umur manehrong atus taun, sarta duwe anak lanang lanwadon. 24Nahor nalika umur sanga likur taun,duwe anak Terah. 25Sawuse anak-anak Terah,Nahor mau isih diganjar umur maneh satussangalas taun, sarta duwe anak lanang lanwadon. 26Terah nalika umur pitung puluhtaun, duwe anak Abram, Nahor lan Haran.

PURWANING DUMADI 11.2712.3 32

Pratelan turune Terah

11:27-3227 Iki tedhak-turune Terah. Terah anak-anak

Abram, Nahor lan Haran, sarta Harananak-anak Lut. 28Haran ngajal ndhisiki Terahbapakne, ana ing tanah kalairane, yaiku ingtanah Ur-Kasdim. 29Abram lan Nahor padhaomah-omah, somahe Abram jenenge Sarai lansomahe Nahor jenenge Milka, anake Haran,bapakne Milka lan Yiska. 30Anadene Sarai maugabug ora duwe anak. 31Terah nuli ngajakAbram lan Lut putune, anake Haran, apadeneSarai somahe Abram, budhal saka ing tanahUr-Kasdim sedyane menyang tanah Kanaan;bareng lakune tutug ing tanah Haran, tumulipadha manggon ing kono. 32Umure Terah ikurong atus lima taun, banjur ngajal ana ingHaran kono.

Rama Abram katimbalandening Gusti Allah

12:1-9

121Sang Yehuwah dhawuh marangRama Abram: Sira lungaa ninggala

tanahira, kulawangsanira lan omahe bapakira,menyanga ing nagara kang bakal Suntedahakemarang sira. 2Sira bakal Sundadekake bangsakang gedhe lan Sunberkahi, sarta jenengiraSundadekake luhur, tuwin sira bakal dadiberkah. 3Sapa kang mberkahi sira mesthi

PURWANING DUMADI 12.49 33

bakal Sunberkahi, kang ngipat-ipati sira bakalSunipat-ipati, sarta sira bakal dadi jalaranepara bangsa ing salumahing bumi padhabinerkahan.4Rama Abram tumuli bidhal netepi apa kang

didhawuhake dening Sang Yehuwah, sartaLut ndherek. Rama Abram nalika bidhal sakaHaran yuswane pitung puluh lima tahun.5Dadine Rama Abram mboyongi kang garwaSarai lan Lut kaponakane apadene sabarangkagungane sarta para abdi tumbasan saka ingHaran, banjur bidhal menyang tanah Kanaan,lan iya kelakon rawuh ing tanah Kanaan.6Rama Abram banjur ndlajahi tanah maunganti tutug ing panggonan ing sacedhakeSikhem, yaiku ing sacedhake wit terbantin ingMore. Nalika samana kang ngenggoni tanahkono bangsa Kanaan.7Kacarita Sang Yehuwah nuli ngatingal

marang Rama Abram sarta ngandika:Turunira bakal Sunparingi tanah iki. RamaAbram banjur yasa misbyah konjuk marangSang Yehuwah kang wus ngatingal marangpanjenengane mau. 8Saka kono pindhahmenyang ing pagunungan sawetane Betel,sarta ngadegake tarub ana ing saantaraneBetel kang kaprenah ing kulone, lan Ai ingwetane; ana ing kono nuli yasa misbyahkonjuk marang Sang Yehuwah, lan ngluhurakeasmane. 9Sawuse mangkono Rama Abramnglajengake tindake saya adoh menyang ingTanah Negeb.

PURWANING DUMADI 12.1018 34

Rama Abram ana ing tanah Mesir

12:10-2010Bareng ing tanah kono pinuju pailan,

Rama Abram bidhal menyang ing tanah Mesir,sumedya lereb ana ing kono kayadene wongmanca, marga pailane nggegirisi banget.11Kacarita bareng tindake wus cedhak tanahMesir, tumuli ngandika marang kang garwaIbu Sarai: Lah ta, aku weruh yen kowe ikuwanita kang endah ing warna, 12 samangsawong Mesir ndeleng kowe, mesthi ngarani: Ikusomahe, banjur aku mesthi dipateni lan kowediuripi. 13Bok iya kowe kandha yen sadulurku,supaya aku lestaria slamet marga sakakowe, lan nyawaku tulusa urip marga sakakowe. 14Kacarita bareng Rama Abram wuslumebet ing tanah Mesir, wong Mesir padhandeleng yen wanita iku ayu banget, 15 lanbareng para abdi daleme Sang Pringon padhandeleng Ibu Sarai, banjur ngalembana ana ingngarsane Sang Prabu Pringon, temahan IbuSarai kaladekake menyang kedhatone SangPrabu Pringon. 16Rama Abram ditanduki becikmarga saka Ibu Sarai, sarta banjur diparingiwedhus, sapi lan kuldi lanang, batur tukonlanang lan wadon, apadene kuldi wadon lanunta. 17Nanging Sang Yehuwah ndhawahakebebendu kang abot banget marang SangPringon dalah brayate marga saka Ibu Saraigarwane Rama Abram iku. 18Sang PrabuPringon banjur nimbali Rama Abram sarta

PURWANING DUMADI 12.1913.7 35

ngandika: Apa kang sira tandukake marangingsun? Yagene sira ora ngaturi uninga marangingsun, yen wong wadon iku somahira?19Yagene sira matur: Punika sadherek kawula,temahan nganti sunpundhut garwa? Lah, taiku somahira, gawanen lan mundura! 20 sangPrabu Pringon banjur dhawuh marang abdinesupaya ngeterake tindake Rama Abram dalahkang garwa apadene sabarang kagunganekabeh.

Rama Abram karo Lut Padha pepisahan

13:1-18

131Rama Abram banjur tindak saka ingtanah Mesir dalah kang garwa lan

sabarang kagungane kabeh, kondur menyangTanah Negeb sarta Lut iya ndherek. 2AnadeneRama Abram iku sugih raja-kaya, salaka lanmas. 3Saka ing Negeb tindake kendal-kendeling palereban nganti tekan ing sacedhakeBetel; ing panggonan tancebe tarube kangdhisik, ana ing antarane Betel lan Ai, 4 ingpanggonane misbyah kang diyasa maune anaing kono, sarta Rama Abram banjur memujingluhurake asmane Sang Yehuwah. 5Lut kangndherekake tindake Rama Abram mau iyaduwe wedhus, sapi lan tarub, 6mangka tanahing kono kurang kobet dienggoni bebarengan,marga raja-darbeke akeh banget, temahanpadha ora bisa nunggal sapanggonan;7mulane pangone Rama Abram karo pangoneLut padha grejegan. Tanah kono nalika iku

PURWANING DUMADI 13.816 36

dienggoni bangsa Kanaan lan Feris. 8MulaneRama Abram banjur ngandika marang Lut:Bok aja ana grejegan ing antarane akulan kowe utawa ing antarane pangonku lanpangonmu, kita rak padha sadulur. 9Tanah ikikabeh rak ngeblag ana ing ngarepmu! Bok iyata kowe misaha saka aku, manawa kowe milihmangiwa, aku dakmanengen, manawa kowemilih manengen, aku dakmangiwa. 10Lut nulindeleng lan sumurup yen tanah ngare saurutebengawan Yarden iku loh jinawi. SadurungeSang Yehuwah nggempur Sodom lan Gomora,memper patamanane Sang Yehuwah, iya kayatanah Mesir tekan ing Zoar. 11Marga sakaiku Lut milih tanah ngare saurute bengawanYarden, sarta banjur budhal mangetan;mangkono anggone padha pepisahan. 12DeneRama Abram tetep pamanggene ana ing tanahKanaan, sarta Lut manggon ing kutha-kuthaing lembahe bengawan Yarden, lan anggonengadegake tarube nganti tekan ing sacedhakeSodom. 13Wong-wong ing Sodom iku padhaala kelakuane lan gedhe durakane ana ingngarsane Sang Yehuwah.14Sawuse Rama Abram ditilar misah

dening Lut, Sang Yehuwah banjur ngandikamangkene: Sira tumengaa, ndelenga sakaing papan anggonmu ngadeg mangalorlan mangidul, mangetan lan mangulon;15awitdene tanah kang sira deleng ikukabeh bakal Sunparingake marang sira lanturunira ing salawase. 16Lan turunira bakalSuntangkarake dadi kaya lebune bumi, dadine

PURWANING DUMADI 13.1714.5 37

manawa ana kang bisa ngetung lebunebumi, turunira iya bakal kena dietung. 17Siramangkata, ndlajahana tanah iku nurut alanglan ujure, awitdene iku bakal Sunparingakemarang sira. 18Rama Abram nuli mbedholitarube kabekta tindak, wasana manggen ingcedhak alas tarbantin ing Mamre caket karoHebron, ana ing kono banjur yasa misbyahkonjuk marang Sang Yehuwah.

Rama Abram ngawonake para ratu ingtanah Wetan lan mitulungi Lut

14:1-16

141Kacarita nalika jamane Sang PrabuAmrafel, raja ing Sinear, Sang Prabu

Ariokh raja ing Elasar, Sang Prabu Kedorlaomerraja ing Elam lan Sang Prabu Tideal rajaing Goyim, 2 raja-raja mau padha perangkaro Sang Prabu Bera raja ing Sodom lanSang Prabu Birsya raja ing Gomora, SangPrabu Syinab raja ing Adma lan Sang PrabuSyemeber raja ing Zeboim, lan raja ing Belaiya iku Zoar. 3Para ratu iku padha sabiyantulan ngempal ana ing lebak Sidim yaiku SegaraUyah. 4Rolas taun lawase anggone wuspadha kabawah ing Sang Prabu Kedorlaomer,nanging bareng nyandhak telulas taune banjurpadha mbalela, 5nalika nyandhak patbelastaune, Sang Prabu Kedorlaomer karo pararaja kang mbiyantu padha nggecak bangsaRefaim ing Asyterot-Karnaim, bangsa Zuziming Ham, bangsa Enim ing Syawe-Kiryataim

PURWANING DUMADI 14.614 386 lan bangsa Hori ing pagunungane Seir,nganti tekan ing El-Paran, kang kaprenahana ing sapinggire pasamunan. 7Sawuse ikubanjur padha bali njujug ing En-Mispat, iyaiku Kadesy sarta nggecak jajahane bangsaAmalek, mangkono uga bangsa Amori kangmanggon ing Hazezon-Tamar. 8Raja ingSodom, raja Gomora, raja Adma karo rajaZeboim, raja ing Bela, iya iku ing Zoar, padhanata wadya-balane ana ing lebak Sidim,arep lumawan ing perang 9nglawan marangSang Prabu Kedorlaomer raja ing Elam, SangPrabu Tideal raja Goyim, Sang Prabu Amrafelraja ing Sinear lan Sang Prabu Ariokh rajaing Elasar, raja papat mungsuh raja lima.10Anadene lebak Sidim iku akeh sumureaspal. Bareng raja Sodom lan Gomora padhakeplajeng banjur kecemplung ana ing kono,kekarene pada ngungsi menyang pagunungan.11Sabarang darbeke wong Sodom lan Gomoratumuli padha dijarah-rayah dening mungsuhdalah tandhone pangan, banjur padhabali. 12Lut kaponakane Rama Abram dalahsabarang duweke iya katut kabandhang,marga manggon ana ing Sodom.13Nuli ana sawijining wong kang keplayu

ngaturi uninga marang Rama Abram wongIbrani, kang dedalem cedhak karo alastarbantin ing wewengkone Mamre, wongAmori sadulure Eskol lan Aner kang padhambiyantu Rama Abram. 14Rama Abrambareng midhanget yen putrane sadherekekabandhang, tumuli ngangkatake para wonge

PURWANING DUMADI 14.1520 39

kang wus kalatih, yaiku para abdi-abdinekang laire ana ing daleme, cacahe telung atuswolulas, banjur mburu mungsuhe nganti tutuging Dhan. 15Lan ing wayah bengi wong-wongtumuli diperang-perang, yaiku Rama Abramlan para abdine mau, mangkono anggone arepnglawan mungsuhe, temah bisa ngalahakemungsuhe, kang banjur dioyak-oyak ngantitutug ing Hoba, kang kaprenah ing salorekutha Damsyik. 16Sakehe raja-darbe kangkabandhang bisa karebut bali, karodene Lutkadange lan sabarang duweke iya diulihake,mangkono uga para wong wadon lan rakyate.

Rama Abram pepanggihan karoSang Prabu Melkisedhek

14:17-2417Raja Sodom methukake Rama Abram

nalika kondur saka nggecak raja Kedorlaomerdalah para raja kang padha mbiyantoni anaing Lebak Syawe, iya iku Lebak Raja.18Anadene Sang Prabu Melkisedhek raja

ing Salem, kang jumeneng imaming AllahKang Mahaluhur, ngasta roti lan anggur,19 sarta mberkahi marang Rama Abram,pangandikane: Sadherek Abram mugikaberkahana dening Gusti Allah IngkangMahaluhur ingkang nitahaken langit lanbumi. 20Sarta pinujia Gusti Allah IngkangMahaluhur, dene sampun masrahakenmengsah jengandika wonten ing asta

PURWANING DUMADI 14.2115.2 40

jengandika. Rama Abram banjur ngaturakesaprasepuluhe barang bandhangan mau.21Raja ing Sodom banjur ngandika marang

Rama Abram: Tiyangipun mugi jengandikaparingaken dhateng kula, dene menggahraja-darbe kula aturi mundhut. 22NangingRama Abram matur marang raja ing Sodom:Kula supaos demi Sang Yehuwah, AllahIngkang Mahaluhur, ingkang nitahakenlangit lan bumi, 23bilih kula boten badhemendhet sadhengah punapa ingkang dadoskagungan dalem sadaya, dadosa namungbenang saeler utawi tangsuling trumpah,supados panjenengan dalem sampun ngantosngandika: Kang nyugihake Abram rak aku.24Manawi kula sampun ngantos pisan-pisan!Namung punapa ingkang sampun dipun tedhadening para rencang saha pandumanipuningkang sami mbiyantu panglurug kula, inggihpunika Aner, Eskol kaliyan Mamre, kajengipunmendhet bageanipun piyambak-piyambak.

Prajanjiane Gusti Allah kalawan RamaAbram; janji bab tedhak-turune

15:1-21

151Sawuse lelakon mau banjur anapangandikane Sang Yehuwah marang

Rama Abram sajroning tetingalan wahyu,dhawuhe: Sira aja wedi Abram, Ingsun ikitetamengira, ganjaranira bakal luwih deninggedhe. 2Unjuke Rama Abram: Dhuh YehuwahAllah, kawula badhe Paduka paringi punapa?

PURWANING DUMADI 15.310 41

Dene anggen kawula tilar donya punikabadhe tanpa anak, temtunipun Eliezer tiyangDamsyik punika ingkang badhe nggadhahisabarang darbek kawula. 3Unjuke RamaAbram maneh: Lah kawula boten Padukaparingi anak, pramila salah satunggalingrencang ingkang lair ing griya kawula punikaingkang badhe dados ahli-waris kawula.4Tumuli ana pangandikane Sang Yehuwahmarang Rama Abram, mangkene: Dudu ikukang bakal dadi ahli-warisira, nanging kangbakal dadi ahli-warisira iya iku kang lair sakasira dhewe. 5Rama Abram banjur diirid medaling jaba sarta dipangandikani: Sira tumengaamarang ing langit lan lintange etungen, yensira bisa ngetung cacahe. Tumuli disambetipangandika maneh: Iya samono bakal cacaheturunira. 6Rama Abram kumandel marangSang Yehuwah, mangka iya iku kang kaetangdening Yehuwah dadi kasampurnane.7Karodene pangandikane Sang Yehuwah

marang Rama Abram maneh: Ingsun ikiYehuwah kang wus ngirid sira metu sakaUr-Kasdim; marga bakal Sunparingi tanah ikidadi darbekira turun-tumurun. 8Unjuke RamaAbram: Dhuh Yehuwah Allah, sarana punapaanggen kawula sumerep, bilih tanah punikabadhe dados gadhahan kawula? 9Tumulidipangandikani: Ingsun jupukna pedhetwadon kang umur telung taun, wedhus kangumur telung taun, wedhus gembel lanangkang umur telung taun, manuk deruk sijilan piyik dara siji. 10Kabeh mau iya banjur

PURWANING DUMADI 15.1119 42

padha kajupuk kagem Sang Yehuwah sartapadha disigari, sigaran siji lan sijine diselehakeadhep-adhepan, mung manuke kang oradisigar. 11Bareng ana manuk galak padhanyamber sembelehan mau, banjur padhadigusahi dening Rama Abram.12Bareng srengenge meh surup, Rama

Abram saking aripe banjur sare kepati.Panjenengane banjur kalimputan ing petengndhedhet lelimengan kang nggegirisi. 13SangYehuwah banjur ngandika marang RamaAbram: Wruhanira ing satemene, turunirabakal dadi wong manca ana ing tanah kangdudu duweke, sarta bakal padha ngawula lankatindhes nganti patang atus taun lawase,14nanging bangsa kang dikawulani iku iyabakal Sunukum. Sawuse mangkono bakalpadha metu budhalan kalawan nggawaraja-darbe akeh banget. 15Nanging siraiku bakal lunga awor karo leluhurira kanthitentrem rahayu, anggonira kakubur samangsawus akeh umurira. 16Turunira kang kaping patbakal bali mrene maneh, marga sadurunge ikudurakane bangsa Amori durung katog.17Kacarita bareng srengenge wus surup

lan wus peteng, tumuli katon ana pawonkumelun lan obor murub kang lumaku metuing saselane sigaran-sigaran daging mau.18 Ing dina iku Sang Yehuwah damel prasetyankaro Rama Abram, pangandikane: Turunirabakal Sunparingi tanah iki, wiwit saka kaliing Mesir nganti tekan ing bengawan gedheEfrat, 19yaiku tanahe bangsa Keni, bangsa

PURWANING DUMADI 15.2016.5 43

Kenas, bangsa Kadmon, 20bangsa Het, bangsaFeris, bangsa Refaim, 21bangsa Amori, bangsaKanaan, bangsa Girgasi lan bangsa Yebus.

Ibu Hagar lan Ismael

16:1-16

161Anadene Ibu Sarai, garwane RamaAbram iku ora kagungan putra.

Panjenengane kagungan abdi wadon bangsaMesir jenenge Hagar. 2 Ibu Sarai maturmarang Rama Abram: Lah ta, kula dipunganjar gabug dening Sang Yehuwah, temahboten gadhah anak, sumangga kula aturimundhut abdi estri rencang kula punika,bokmanawi kula angsal anak saking rencangwau. Rama Abram ndhahar ature IbuSarai, 3 lan Ibu Sarai garwane Rama Abramnuli ngaturake Hagar abdine wadon wongMesir mau marang Rama Abram kangraka dadi garwane; kelakone prakara ikunalika Rama Abram wus dedalem sepuluhtaun ana ing tanah Kanaan, 4Rama Abrambanjur ngrawuhi Ibu Hagar, lan iku kelakonngandhut. Nanging bareng rumangsa yen wusngandhut, banjur ngremehake bendaraneputri. 5 Ibu Sarai tumuli matur marangRama Abram: Bab anggenipun nyakitakenmanah kula punika, panjenengan ingkangtanggel-jawab, kula sampun ngaturakenrencang estri wau dhateng panjenengan,nanging sapunika sareng rumaos wawrat,kok lajeng nyepelekaken kula. Sang Yehuwah

PURWANING DUMADI 16.613 44

mugi paring kaleresan ing antawisipun kulakaliyan panjenengan. 6Rama Abram banjurngandika marang Ibu Sarai: Lah ta baturmuiku ana ing panguwasamu, tandukana apakang kokrasa patut! Ibu Sarai banjur nindheskang banget marang Ibu Hagar, satemah ikubanjur minggat.7Nanging Sang Malaekate Yehuwah tumuli

manggihi Ibu Hagar ana ing sacedhake beliking pasamunan, iya iku belik ing dalan kanganjog ing Syur. 8Banjur dipangandikani:Hagar, abdine Sarai, saka ngendi sira iku lanmenyang ngendi paranira? Unjuke Ibu Hagar:Kawula minggat saking ngarsanipun bendarakawula Sarai. 9Sang Malaekate Yehuwahbanjur ngandika marang Ibu Hagar: Sira baliamarang bendaranira lan nungkula marang ingpamengkune. 10Karomaneh dipangandikanidening Sang Malaekate Yehuwah mangkena:Turunira bakal Suntangkarake dadi akehbanget, nganti ora kena dietung, awit sakaakehe. 11Sang Malaekate Yehuwah tumulimangandikani maneh: Lah sira iku lagingandhut, lan bakal nglairake anak lanang,iku sira jenengna Ismael, awitdene SangYehuwah wus nguningani kasangsaranira.12Anakira mau bakal kaya kuldi alas,tangane bakal nglawan saben wong laniya bakal genten dilawan dening sabenwong, sarta pamanggone bakal ana ingngarepane para kadange. 13 Ibu Hagartumuli nyebut asmane Sang Yehuwah kangmangandikani mau: Paduka punika El-Roi,

PURWANING DUMADI 16.1417.6 45

sabab pangunandikane: Aku ana ing kenerak wus ndeleng Panjenengane kang mirsaniaku? 14Mulane belik mau diarani: SumurLakhai-Roi, prenahe ana ing antarane Kadesylan Bered.15 Ibu Hagar banjur mbabar putra kakung

patutan saka Rama Abram. Dene Rama Abrammaringi asma marang putrane kang miyossaka Ibu Hagar mau: Ismael. 16Anadeneyuswane Rama Abram nalika Ibu Hagarpeputra Ismael karo panjenengane mauwolung puluh nem taun.

Tetak minangka pratandha prajanjianeGusti Allah kalawan Rama Abraham

17:1-27

171Nalika Rama Abram yuswa sangangpuluh sanga taun, diketingali dening

Sang Yehuwah sarta kadhawuhan mangkene:Ingsun iki Allah Kang Mahakawasa, siralumakua ana ing marginingSun lan ditanpacacad. 2 Ingsun bakal damel prasetyan ingantarane Ingsun lan sira, Ingsun bakalnangkarake sira nganti dadi akeh banget.3Rama Abram tumuli sumungkem ingbumi, sarta dipangandikani dening GustiAllah mangkene: 4 Tumrap Ingsun yaikiprasetyaningSun karo sira, yen sira bakal dadileluhure bangsa akeh. 5 Jenengira sabanjureaja Abram, nanging Abraham, marga sira ikuwus Suntamtokake dadi leluhure golonganingbangsa. 6 Ingsun bakal ndadekake sira

PURWANING DUMADI 17.714 46

tangkar-tumangkar nganti akeh banget,temah sira bakal dadi bangsa pirang-pirang,lan sira bakal nurunake para raja; 7karodeneIngsun bakal nganakake prajanjian ingantarane Ingsun kalawan sira saturuniranganti turun-tumurun dadi prasetyan kanglanggeng, supaya Ingsun dadi Allahira lanAllahe turunira. 8Sarta maneh sira lan turunirabakal Sunparingi tanah iki kang sira enggonikayadene wong neneka, iya tanah Kanaan ikikabeh, dadi darbekira langgeng salawase, lanIngsun bakal jumeneng dadi Allahe.9Karodene pangandikane Gusti Allah marang

Rama Abraham maneh: Dene sira, siranetepana prasetyaningSun, iya sira dalahturun-turunira. 10 Iki prasetyaningSun kangkudu sira tetepi, prajanjian ing antaraneIngsun lan sira dalah turun-turunira, yaikusupaya sadhengaha panunggalanira kanglanang katetakana. 11Sira padha netakanaikutira, iku kang minangka pratandhaningprasetyan ing antarane Ingsun lan sira. 12Anakkang umur wolung dina iku katetakana, yaikusaben anak lanang ing antaranira ngantiturun-tumurun, dalah kang dudu turunira kanglair ana ing omahira utawa kang dituku saranadhuwit saka sadhengah bangsa. 13Dadiakang lair ing omahira, dadia kang katukusarana dhuwitira, kabeh iku poma padha siratetakana, satemah prasetyaningSun iku anaing dagingira dadi prasetyan kang langgeng.14Anadene wong lanang kang ora ditetaki,yaiku kang ora katetakan ikute, wong kaya

PURWANING DUMADI 17.1522 47

mangkono iku katumpesa saka ing antaranewong-wong golonganing bangsane; ikungrusak prsetyaningSun.15Gusti Allah ngandika maneh marang Rama

Abraham: Sarai somahira iku aja sira sebutSarai maneh, nanging Sara, iku dadia jenenge,16 iku bakal Sunberkahi, dene sira iya bakalSunparingi anak lanang patutan saka somahiraiku, lan iya bakal Sunberkahi temah bakaldadi ibune bangsa pirang-pirang, lan bakalnurunake para raja. 17Rama Abraham banjursumungkem konjem ing bumi karo gumujeng,pangunandikane: Wong kang wus umur satustaun apa kelakon anak-anak, lan Sara kangwus umur sangang puluh taun iku apa iya bakalnglairake anak? 18Unjuke Rama Abrahammarang Gusti Allah: Mugi Ismael kemawonPaduka parengaken gesang wonten ngarsaPaduka! 19Nanging pangandikane Gusti Allah:Ora, sanyata somahira Sara bakal nglairakeanak patutan saka sira, iku sira jenengnaIskak, karo Iskak iku Ingsun bakal nganakakeprajanjianingSun dadi prasetyan kanggomarang turun-turune. 20Dene mungguhIsmael iku, panyuwunira iya Sunjurungi, lahiku iya bakal Sunberkahi lan Sundadekakebebranahan sarta Suntangkarake dadiakeh banget, apadene bakal nurunake rajarolas, lan bakal Sundadekake bangsa kanggedhe. 21Nanging prasetyaningSun iku bakalSunanakake karo Iskak, kang bakal lair sakaSara patutan saka sira besuk taun ngareppendhake mangsa iki. 22Sawuse rampung

PURWANING DUMADI 17.2318.3 48

anggone mangandikani mangkono mau, GustiAllah banjur sumengka nilar Rama Abraham.23Sawuse mangkono Rama Abraham banjur

mundhut Ismael putrane lan sakehe paraabdi kang lair ana ing daleme sarta abdikang sarana katuku ing dhuwit, sadhengahakang lanang kang tinemu ana ing daleme,iku pada ditetaki ikute ing dina iku uga, kayakang kadhawuhake dening Gusti Allah marangpanjenengane. 24Rama Abraham nalika supityuswane sangang puluh sanga taun, 25 lanIsmael putrane disupiti nalika yuswa telulastaun. 26Bareng sadina iku uga Rama Abrahamanggone kasupitan karo kang putra Ismael;27 lan sakehe wong lanang kang ana ingdaleme, dadia kang lair ana ing kono, dadiakang katuku kalawan dhuwit saka bangsa liya,pada ndherek katetakan kabeh bareng karopanjenengane.

Gusti Allah mangsuli kasagahaneanggone bakal maringi putra

kakung marang Rama Abraham

18:1-15

181Sawuse mangkono Sang Yehuwahngatingal marang Rama Abraham ana

ing sacedhake wit tarbantin ing Mamre, nalikapinuju lenggahan ana ing lawanganing tarubewayah awan mbeneri panas gumemplang.2Bareng ndengengek mirsa priya telujumeneng ing ngarsane, banjur murugimethukake sarta sumungkem ing bumi 3karo

PURWANING DUMADI 18.410 49

matur: Dhuh para bendara, manawi kulamanggih sih wonten ing ngarsa panjenengan,mugi tindak panjenengan sampun ngantosnglangkungi ingkang abdi; 4manawi keparengwontena ingkang mendhetaken toya sakedhik,kagem wijik sampeyan, lajeng sami karsaalenggah wonten ing sangandhaping wit-witanpunika; 5dene kula keparenga mendhetroti sekedhik, kangge ngiyataken sarira;sasampunipun makaten, sumangga manawibadhe nglajengaken tindak, dene rak pancenmakaten punika karsa panjenengan samitindak nglangkungi tarubipun ingkang abdi.Pangandikane tamu: Iya tindakna apa kangdadi karepmu! 6Rama Abraham tumulienggal-enggal menyang tarube nemoni IbuSara, sarta ngandika: Dienggal njupukaglepung alus telung taker, endang uletengawenen roti bunder! 7Rama Abrahambanjur rerikatan murugi sapine, nuli mundhutpedhet kang empuk lan becik daginge, nuliditampakake marang abdine, sarta iku enggal-enggal tumandang ngolah. 8Sawuse ikumundhut mertega lan susu, karo pedhet kangwus didhawuhake ngolah mau, diladosakemarang tamune. Rama Abraham ngadheptamune ana sangisore wit kono nalika tamunepadha dhahar. 9Tamune tumuli ngandika:Sara somahira ana ing ngendi? UnjukeRama Abraham: Wonten ing lebet tarub.10Pangandikane Sang Yehuwah: Satemenesetaun engkas Ingsun bakal rawuh mrenemaneh, lah ing kono Sara somahira bakal

PURWANING DUMADI 18.1117 50

duwe anak lanang. Pangandika mau kepirengdening Ibu Sara kang ana ing lawanging tarubkaprenah ing saburine para tamu. 11AnadeneIbu Sara lan Rama Abraham wus sepuh lanakeh yuswane, Ibu Sara wus ora ngalami kayasalumrahe wong wadon. 12Mulane Ibu Saragumujeng sajroning galih, pangunandikane:Aku wus tuwa mangkene apa isih duwepapenginan saresmi, mangka bendaraku iyawus sepung mangkono? 13Sang Yehuwahbanjur ngandika marang Rama Abraham:Yagene Sara gumuyu sarta duwe osik:Apa iya temenan aku isih bakal duwe anak,wong aku wus tuwa mangkene? 14TumrapingYehuwah apa ana kang mokal? Ing wektukang wus katetepake iku, yaiku setaun engkasIngsun bakal ngrawuhi sira maneh, nuli Sarabakal duwe anak lanang. 15 Ibu Sara selak,unjuke: Kawula boten gumujeng. Enggonemunjuk mangkono iku marga wedi. Ewadenepangandikane Sang Yehuwah: Ora, sira maupancen gumuyu!

Rama Abraham ndongakakewong ing Sodom

18:16-3316Sawuse mangkono para priya mau banjur

padha tedhak saka ing kono, tindake ngenertanah Sodom; Rama Abraham ndhereksumedya nguntapake. 17Sang Yehuwahngunandika: Apa iya Abraham ora Sunparingiweruh apa kang bakal Suntindakake?

PURWANING DUMADI 18.1825 5118Abraham iku rak bakal dadi bangsa gedhelan kawasa, lan sakehe para bangsa ing bumibakal pada kaberkahan marga saka Abraham?19Marga wus Sunpilih supaya mrentahanamarang anak-anake lan tedhak-turune amrihpadha ngambaha margine Sang Yehuwah,sarta nglakoni kabeneran lan kaadilan, supayaSang Yehuwah maringana marang Abrahamapa kang wus diprasetyakake. 20SangYehuwah banjur ngandika: Ana alok kangrame bab tanah Sodom lan Gomora, yenluwih dening gedhe durakane. 21 Ingsun bakaltumedhak lan niti-priksa, apa iya lakune ikucocog karo alok kang wus tumeka marangIngsun apa ora?22Priya-priya mau tumuli padha tindak

saka ing kono murugi Sodom, nangingRama Abraham isih tetep ngadeg ana ingngarsane Sang Yehuwah. 23Rama Abrahambanjur nyelak sarta matur: Punapa Padukabadhe numpes tiyang mursid sesarengankaliyan tiyang duraka? 24Bokmanawi ingsalebeting nagari ngriku wonten tiyangipunseket ingkang mursid; punapa inggih badhePaduka tumpes? Punapa Paduka botenngeman dhateng panggenan punika, sababing ngriku wonten tiyangipun seket ingkangmursid? 25Mugi tebiha saking Paduka tindakingkang kados makaten punika; mejahitiyang mursid tunggil kaliyan tiyang duraka,temah tiyang mursid kados-kados samikaliyan tiyang duraka! Ingkang makatenwau mugi tebiha saking Paduka! Punapa

PURWANING DUMADI 18.2632 52

Hakiming jagad boten nindakaken kaadilan?26Pangandikane Sang Yehuwah: Manawaing sajroning nagara Sodom Ingsun manggihwong seket kang mursid, mesthi sapanggonankono kabeh Sunparingi pangapura margasaka wong seket mau. 27Rama Abrahammungsuli, unjuke: Kawula kamipurunmunjuk wonten ing ngarsa Paduka, sanadyankawula punika namung lebu tuwin awu.28Bokmanawi tiyangipun seket ingkangmursid wau wonten kirangipun gangsal,punapa margi saking tiyang gangsal punikaPaduka badhe numpes sanagari sadaya?Pangandikane sang Yehuwah: Mesthi oraSuntumpes, yen Ingsun manggih wong patangpuluh lima kang mursid. 29Rama Abrahamnyambeti atur maneh, unjuke: Bokmanawiing ngriku namung kapanggih kawandasa.Pangandikane Sang Yehuwah: Mesthi bakalSunwurungake marga saka wong patangpuluh iku. 30Rama Abraham munjuk maneh:Paduka mugi sampun ngantos duka, manawikawula munjuk sapisan malih: Bokmanawiing ngriku namung pinanggih tiyang tigangdasa. Pangandikane Sang Yehuwah: Mesthibakal Sunwurungake, manawa ing konoIngsun manggih wong telung puluh. 31RamaAbraham isih meksa munjuk maneh: Kawulakamipurun munjuk wonten ngarsa Paduka,bokmanawi ing ngriku namung wonten tiyangkalih dasa. Pangandikane Sang Yehuwah:Mesthi ora Suntumpes marga saka wongrong puluh iku. 32Rama Abraham munjuk

PURWANING DUMADI 18.3319.4 53

maneh: Paduka mugi sampun ngantosduka, kawula badhe munjuk sapisan malih:Bokmanawi ing ngriku namung pinanggihsadasa. Pangandikane Sang Yehuwah:Mesthi bakal ora Suntumpes marga sakawong sepuluh iku. 33Bareng Sang Yehuwahwus mungkasi anggone mangandikani RamaAbraham, banjur nglajengake tindake, deneRama Abraham tumuli wangsul menyang ingpanggenane.

Sodom lan Gomora kasirnakake,

Lut kapitulungan

19:1-29

191 Ing wayah sore malaekat loro maupadha rawuh ing Sodom, Lut mbeneri

linggihan ana ing gapurane Sodom; barengLut weruh malaekat mau, banjur methukakelan sumungkem ing bumi, 2ature: Dhuhbendara, panjenengan kula aturi rawuh inggriyanipun ingkang abdi, sami karsaa nyaresaha wijik sampeyan, benjing-enjing kulaaturi nglajengaken tindak. Pangandikanemalaekat: Ora, aku arep padha nginep anaing alun-alun bae. 3Nanging Lut bangetanggone ngrerepa, satemah padha nuruti lanlumebet ing omahe, banjur disegah roti tanparagi, tumuli dhahar. 4Kacarita sadurungemapan sare, lah wong-wong lanang ingnagara kono, para wong lanang ing Sodom,padha ngepung omahe Lut, wiwit kang enom

PURWANING DUMADI 19.512 54

nganti kang tuwa, malah sakutha kabehkerig-lampit ora ana kang keri, 5banjur padhaceluk-celuk marang Lut, tembunge: Anaing ngendi wong lanang kang merdhayohana ing omahmu bengi iki? Wetokna mrene!Arep padha dakjamah. 6Lut tumuli metunemoni wong-wong mau ana ing sangarepelawang, sarta lawange diinebake, 7 celathune:Dhuh para sadherek, bok sampun saminindakaken resah kados makaten ta! 8Lahta, kula gadhah anak estri kalih, sadayataksih sami prawan, punika badhe kulawedalaken, sumangga sampeyan damelsapikajeng sampeyan! Nanging tiyang-tiyangpunika sampun sampeyan ganggu-damel,margi sampun sami ngaub ing pondhok kula.9Nanging pangucape wong akeh mau: Wis,sumingkira! Karomaneh celathune: Wongiki tekane ing kene rak dadi wong neneka,kok arep dadi hakim kita! Saiki kowe arepdakajar ngungkuli wong loro iku! Banjurpadha ndhesek wonge, yaiku Lut kalawan serusarta arep padha mbejad lawang. 10Nangingpriya loro mau banjur padha mulung astane,Lut digered mlebu ing omah sarta lawangedikancing, 11dene wong-wong kang padha anangarep lawang, kabeh padha kena wewelakdadi picak, kang cilik dalah kang gedhe,temahan anggone nggoleki lawang ora bisaketemu.12Priya mau tumuli padha ngandika marang

Lut: Kowe isih duwe sanak sapa manehanak ing kene? Anak mantu, anakmu lanang

PURWANING DUMADI 19.1317 55

utawa wadon, utawa sapa bae kang klebuakrabmu kang ana ing jero kutha kene, kabehpadha ajaken metu saka ing panggonan iki!13Sabab panggonan iki selak arep padhadaktumpes, marga pangresulane wong kangbanget ing bab kutha iki wus sumengka anaing pangayunane Sang Yehuwah. Awit sakaiku aku padha kautus dening Sang Yehuwahnyirnakake panggonan kene. 14Lut banjurlunga ngandhani calon mantune, kang areppadha sesomahan karo anake, tembunge:Dienggal padha metua saka ing panggonankene, awit Sang Yehuwah selak nggempurkutha iki. Nanging calon mantune loro-loronepadha ngarani yen Lut mau mung sembrananbae.15Bareng wayah bangbang wetan, malaekat

loro mau padha ngatag marang Lut, supayacekat-ceket, dhawuhe: Ngadega, somahmulan anakmu wadon loro kang ana ing keneenggal gawanen lunga, supaya kowe ajanganti katumpes marga saka durakane kuthaiki! 16Sarehne mangu-mangu, mulane priyamau banjur padha nyandhak tangane Lut,tangane somahe lan anake wadon karopisan, marga saka pangemane Sang Yehuwahmarang dheweke; banjur dituntun metumenyang ing sajabane kutha sarta dieculakeana ing kono. 17Priya mau bareng wus nuntuntekan ing jaban kutha, kang siji ngandika:Lumayua, ungsekna uripmu! Aja noleh lanaja mondhag-mandheg babar pisan ana ingsaurute lebak Yarden iki, ngungsia menyang

PURWANING DUMADI 19.1826 56

ing pagunungan, supaya kowe kabeh ajanganti tumpes. 18Lut munjuk marang priyamau: Sampun kados makaten ta, dhuhbendara! 19 Ingkang abdi sampun manggihsih wonten ing ngarsa panjenengan, sahapanjenengan sampun nandukaken kawelasandhateng kula, dene ngantos mitulungi gesangkula. Nanging kula mesthi boten sagedngungsi ngantos dumugi pareden, awit kulatamtu sampun ketututan ing bilai punikasaha lajeng pejah. 20Lah ta, kitha ngajengpunika celak, kenging kula ungseni, kithanipunalit; mugi kula kalilana ngungsekakengesang mriku kemawon, supados kulakapitulungana gesang. Kitha punika rak alitta? 21Panjenengane gentos ngandika marangLut: Iya wis, dakjurungi panyuwunmu, kuthacilik kang kokaturake iku bakal ora daktumpes.22Dikebat ngungsia mrana, amarga aku orabakal nindakake apa-apa sadurunge kowetekan ing kana. Awit saka iku kutha maukatelah aran: Zoar. 23Srengenge wus mlethekngungkuli bumi nalika Lut tekan ing Zoar.24Sawuse mangkono Sang Yehuwah tumuli

ngudanake walirang lan geni marang tanahSodom lan Gomora, tumurune udah sakaSang Yehuwah, saka ing langit, 25kutha-kuthamau diwolak-walik dalah lebak Yarden pisanlan sakehe wong ing kutha-kutha kono tekantanem-tuwuhe. 26Nanging somahe Lut ikumandheg tumoleh, temah malih dadi tuguuyah njenggeleg.

PURWANING DUMADI 19.2734 5727Bareng wayah esuk umun-umun Rama

Abraham tindak menyang ing panggonanejumeneng nalika sowan ana ing ngarsaneSang Yehuwah, 28bareng mirsani menyangprenahe Sodom lan Gomora tekan lebakeYarden pisan, katon ana kukus kumelun sakaing bumi memper kukuse pawon paleburan.29Nalika Gusti Allah nggempur kutha-kutha

ing lebak Yarden lan nalika malik kuthakang dienggoni dening Lut, Gusti Allah engetmarang Rama Abraham, banjur ngirid Lutmetu saka ing satengahe patumpesan.

Lut lan anake wadon loro

19:30-3830Anadene Lut budhal saka Zoar banjur

manggon ing pagunungan karo anake wadonloro, marga ora wani manggon ing Zoar;pamanggone ana ing guwa dalah anakewadon loro pisan. 31Kacarita anak kang tuwatutur marang kang enom, tembunge: Bapakwis tuwa, mangka ing tanah kene ora anawong lanang kang sapaturon karo aku lankowe kaya salumrahe wong sajagad. 32Payo,bapak diaturi ngunjuk anggur, nuli padhangewori turu, supaya kita padha oleh turunsaka bapak. 33 Ing bengi iku bapakne diaturingunjuk anggur, anak kang tuwa banjur mlebulan awor turu karo bapakne, Lut ora sumurupapa-apa, nalika anake nusul lan nalika tangine.34Esuke kang tuwa ngucap marang kangenom, tembunge: Mau bengi aku wis kelakon

PURWANING DUMADI 19.3520.4 58

awor turu karo bapak; mengko bengi padhadiaturi ngunjuk anggur maneh, kowe gentennusula awor turu, supaya kita padha olehturun saka bapak kita. 35Kelakon barengbengi bapakne iya padha diaturi ngunjukanggur maneh. Kang enom nuli nusul aworturu, dene Lut ora sumurup apa-apa, dadiaanggone anake nusul utawa anggone tangi.36Anake Lut sakarone tumuli padha ngandhutsaka bapakne. 37Kang tuwa banjur duwe anaklanang dijenengake: Moab, iya iku kang dadileluhure bangsa Moab ing saiki iki. 38Kangenom uga duwe anak lanang dijenengakeBen-Ami, iya iku kang dadi leluhure bangsaAmon saiki iki.

Rama Abraham lan Sang Raja ing Gerar

20:1-18

201Rama Abraham banjur bidhal sakaing kono menyang ing Tanah Negeb,

lan manggen ana ing antarane Kadesy lanSyur, neneka ana ing Gerar. 2Sarehne RamaAbraham ngendikake bab Ibu Sara, garwane:Iku sadulurku, mulane Sang Prabu Abimelekhraja ing Gerar utusan mundhut Ibu Sara.3Nanging Gusti Allah ngetingali marang SangPrabu Abimelekh ing sajroning pasupenanlan ngandika: Lah sira mesthi bakal matimarga saka wong wadon kang sira jupukiku, sabab iku wus duwe bojo. 4AnadeneSang Prabu Abimelekh durung tau nggepokmarang Ibu Sara, mulane banjur munjuk:

PURWANING DUMADI 20.510 59

Dhuh Pangeran, punapa Paduka inggih badhemejahi bangsa ingkang boten lepat? 5Punapasanes tiyangipun piyambak ingkang cariyosdhateng kawula: Punika sadherek kula.Sarta malih ingkang estri piyambak ingkangsanjang: Punika sadherek kula. Anggen kawulanglampahi makaten punika kanthi manahingkang jujur saha tangan ingkang resik.6Gusti Allah tumuli ngandika maneh marangSang Prabu Abimelekh sajroning pasupenanmau: Ingsun mirsa yen anggonira mangkonoiku metu saka ati kang jujur, lan iya Ingsunpiyambak kang menggak marang sira supayaaja nganti gawe dosa marang Ingsun. Mulanesira ora Sunlilani nggepok wong wadon iku.7Mulane, wong wadon iku balekna marangsomahe, awitdene Abraham iku nabi, sartabakal ndongakake sira, supaya sira bisa lestariurip; nanging manawa wong wadon mau orasira balekake, wruhanira yen sira mesthi bakalmati, sira lan kabeh wongira.8Bareng esuk umun-umun Sang Abimelekh

wungu sarta nimbali para abdine, dicaritanibab pangandika mau, temahan wong kabehpadha wedi banget. 9Sang Prabu Abimelekhbanjur utusan nimbali Rama Abraham, tumulidipangandikani: Punapa ingkang panjenengantandukaken dhateng kula punika lan kulakalepatan punapa dhateng panjenengan,dene panjenengan kok ndhatengaken dosaageng dhateng kula lan kedhaton kula?Ingkang panjenengan tandukaken dhatengkula punika boten pantes sanget. 10Sang

PURWANING DUMADI 20.1116 60

Prabu Abimelekh ngandika marang RamaAbraham maneh: Karsa panjenengan punapa,dene ngantos nglampahi kados makatenpunika? 11Rama Abraham mangsuli ature:Panginten kula, ing ngriki babar pisan botenwonten panembah dhateng Gusti Allah,pramila kula mesthi badhe dipun pejahi margisaking semah kula. 12Kaliyan malih punikainggih sadherek kula sayektos, anakipunbapa kula, nanging sanes anakipun embokkula, lajeng dados semah kula. 13Nalika kuladipun karsakaken dening Gusti Allah supadosnilar bale griyanipun tiyang sepuh, kulalajeng nglembara, semah kula kula sanjangimakaten: Bok kowe nandukna katresnanmarang aku mangkene: Ing saenggon-enggonkang bakal dakparani, kowe tutura tumrap akumangkene: Punika sadherek kula! 14SangPrabu Abimelekh tumuli mundhut wedhuslan sapi, batur tukon lanang lan wadon,padha diparingake marang Rama Abraham;apadene Ibu Sara kang garwa diwangsulakemarang panjenengane. 15PangandikaneSang Prabu Abimelekh: Lah tanah kulangeblag wonten ing ngarsa panjenengan,sumangga kula aturi dedalem wonten ingpundi kemawon ingkang panjenengankarsakaken. 16Sarta banjur ngandika marangIbu Sara: Lah kula sampun nyaosi sadherekpanjenengan sewu sekel selaka, minangkabukti tumrap ing kasucen panjenengan wontening ngajengipun sadaya tiyang, ingkangwonten ing wewengkon panjenengan, temah

PURWANING DUMADI 20.1721.7 61

panjenengan lajeng kaleresaken ing sadayaprakawis. 17Rama Abraham banjur ndedongakonjuk marang Gusti Allah, sarta Gusti Allahtumuli maluyakake Sang Prabu Abimelekh,kang garwa sarta para abdine wadon, satemahpadha bisa duwe anak. 18Awit dene ingmaune Sang Yehuwah ngganjar gabug ingsadhengah wong wadon ing kratone SangPrabu Abimelekh, marga saka Ibu Saragarwane Rama Abraham.

Miyose Iskak

21:1-7

211Kacarita Sang Yehuwah nuwenimarang Ibu Sara, kaya kang wus

dipangandikakake lan Sang Yehuwah karsanandukake marang Ibu Sara kaya kang wusdiprasetyakake. 2 Ibu Sara nggarbini sartambabar putra kakung patutan saka RamaAbraham nalika Rama Abraham wus sepuh,ing waktu kang wus ditetepake, cocog karopangandikaning Allah marang panjenengane.3Putrane kang mentas miyos, kang miyossaka Ibu Sara, iku diparingi asma Iskak deningRama Abraham, 4 sarta Rama Abraham banjurnyupiti kang putra Iskak, nalika yuswa wolungdina, ngetrepi dhawuhe Gusti Allah marangpanjenengane. 5Rama Abraham yuswa satustaun nalika kang putra Iskak mau miyos. 6 IbuSara banjur ngandika: Gusti Allah damel akugumuyu, sapa kang krungu bab iki, mesthibakal gumuyu marga saka aku. 7Sarta maneh

PURWANING DUMADI 21.814 62

pangandikane: Dhek biyen sapa kang bisangandhani marang Rama Abraham: Saranusoni anak? Ewadene aku wus nglairake anaklanang, nalika panjenengane wus sepuh.

Ibu Hagar lan Ismael katundhungdening Rama Abraham

21:8-218Kacarita putra mau saya mundhak gedhe,

banjur disapih. Rama Abraham nganakakepista gedhen nalika dina panyapihe Iskakmau. 9Nalika iku Ibu Sara mirsa putraneIbu Hagar wong Mesir patutan karo RamaAbraham moyoki marang Iskak, 10banjurmatur marang Rama Abraham: Rencangtumbasan punika dalah anakipun panjenengandhawuhi kesah saking ngriki, margi anakipunrencang tumbasan punika boten badhe tumutangsal warisan kaliyan anak kula Iskak.11Atur mangkono iku ndadekake renguninggalihe Rama Abraham, marga saka kang putra.12Nanging pangandikane Gusti Allah marangRama Abraham: Aja nganti dadi renguneatinira marga saka bocahe lan baturira; apasapanjaluke Sara marang sira iku turutana,awitdene trah kang saka Iskak iku kangbakal kasebut turunira. 13Ewasamono anakebaturira iku iya bakal Sudadekake bangsagedhe, marga iku iya wijinira.14Esuke umun-umun Rama Abraham wungu,

mundhut roti lan banyu saimpes diparingakemarang Ibu Hagar katumpangake ing

PURWANING DUMADI 21.1521 63

pundhake, mangkono uga si bocah, sawusebanjur didhawuhi lunga. Ibu Hagar tumulimangkat, nanging lakune kesasar ana ingpasamunan Bersyeba. 15Bareng banyune ingimpes wus entek, bocahe banjur diselehakeana ing sangisoring grumbulan. 16 IbuHagar banjur menyat ndhewe sarta lungguhdohe watara sapamanah, pangunandikanemangkene: Aku ora tegel ndeleng bocaheanggone arep mati. Sawuse mapan lungguh,banjur ngulukake swarane lan nangis.17Gusti Allah miyarsa sambate si bocah, Sang

Malaekate Allah banjur nguwuh marang IbuHagar saka ing akasa, pangandikane: Hagar,ana apa? Aja kuwatir, marga Gusti Allah wusmiyarsakake pasambate si bocah ana ingpanggonane ngglethak. 18Ngadega! Bocahetangekna, tuntunen marga bakal Sundadekakebangsa gelengan gedhe. 19Gusti Allah banjurmbikak mripate Ibu Hagar, satemah weruhana belik, tumuli diparani lan impese diisenibanyu sarta bocahe diombeni. 20AnadeneGusti Allah nunggil karo si bocah, temahansaya mundhak gedhe lan pamanggone ana ingpasamunan dadi juru manah. 21Pamanggoneana ing pasamunan Paran, sarta digolekakesisihan dening ibune saka ing tanah Mesir.

PURWANING DUMADI 21.2228 64

Rama Abraham gawe prajanjiankaro Sang Prabu Abimelekh

21:22-3422Kacarita nalika samana Sang Prabu

Abimelekh karo Sang Pikhol senapatinengandika marang Rama Abraham, tembunge:Gusti Allah sampun nunggil kaliyanpanjenengan ing sadaya prakawis ingkangpanjenengan tindakaken. 23Pramila ingsapunika sumangga kula aturi supaos dhatengkula demi Gusti Allah wonten ing ngriki, bilihpanjenengan boten badhe nyidrani dadosadhateng kula, utawi dhateng anak-anakkula saha tedhak-turun kula; panjenengannandukna kasaenan dhateng kula sahadhateng nagari ingkang panjenengandunungi kadosdene tamu punika, kadosanggen kula sampun nandukaken kasaenandhateng panjenengan. 24Ature RamaAbraham: Inggih kula supaos! 25NangingRama Abraham nutuh marang Sang PrabuAbimelekh, prakara sumur kang direbutdening para abdine. 26Pangandikane SangPrabu Abimelekh: Kula boten sumerep,sinten ingkang tumindak makaten punika,saha panjenengan ugi boten paring sumerepdhateng kula, wartosipun kula saweg mirengdinten punika. 27Rama Abraham banjurmundhut wedhus lan sapi diaturake SangPrabu Abimelekh, sarta sakarone banjur padadamel prajanjian. 28Nanging Rama Abraham

PURWANING DUMADI 21.2922.2 65

miyambakake cempe gembel wadon pitusaka panthan mau. 29Sang Prabu Abimelekhbanjur ngandika marang Rama Abraham:Cempe gembel pitu ingkang panjenenganpiyambakaken punika, punapa pikajengipun?30Atur wangsulane Rama Abraham: Cempegembel pitu punika mugi panjenengantampeni piyambak saking tangan kula, kanggepratandha bilih ingkang ndhudhuk sumurpunika kula. 31Mulane panggonan iku katelaharan Bersyeba, marga ana ing kono sakaroneanggone padha sumpah. 32Sawuse damelprajanjian kaya mangkono mau ana ingBersyeba, Sang Prabu Abimelekh banjurbidhal kadherekake Sang Pikhol senapatine,kondur menyang tanahe wong Filisti. 33RamaAbraham ana ing Bersyeba mau nanem wittamariska, sarta ngluhurake asmane SangYehuwah Allah kang sipat langgeng. 34RamaAbraham anggone manggen neneka ana ingtanahe wong Filisti iku nganti antara lawas.

Pracayane Rama Abraham kacoba

22:1-19

221Kacarita sawuse lelakon mauGusti Allah karsa nyobi marang

Rama Abraham. Pangandikane mangkene:Abraham. Unjuk wangsulane Rama Abraham:Kawula nuwun, kula. 2Dhawuhe Gusti Allah:Anakira ontang-anting, kang sira kasihi, yaikusi Iskak, iku alapen, gawanen menyang ingtanah Moria, ana ing kono saosna kagawe

PURWANING DUMADI 22.39 66

kurban obaran ana ing salah sawijininggunung kang bakal Suntedahake marangsira. 3Esuke umun-umun Rama Abrahamwungu, banjur ngabah-ngabahi kuldine,mbekta abdine loro lan kang putra Iskak;sarta nyigari kayu kanggo kurban obaran,banjur bidhal tindak menyang panggonan kangkadhawuhake dening Gusti Allah. 4Barengtelung dinane Rama Abraham tumenga lanmirsa panggonane saka kadohan; 5banjurngandika marang abdine loro: Kowe karokuldine padha karia ana ing kene, aku karobocah iki arep mrana prelu sembahyang,sawuse iku aku bakal padha mbaleni kowemaneh. 6Rama Abraham tumuli mundhutkayune kurban obaran diemotake marangkang putra Iskak, sarta ngasta geni lan lading.Mangkono sakarone padha tindak sesarengan.7 Iskak banjur matur marang kang rama:Rama! Paring wangsulane Rama Abraham:Ana apa ngger, anakku? Ature kang putra:Lah punika latu lan kajengipun sampunwonten, nanging cempe ingkang kadamelkurban obaran wonten pundi? 8RamaAbraham mangsuli pangandikane: Mungguhcempe kang bakal kagawe kurban obaran ikuGusti Allah piyambak kang bakal nyadhiyani,anakku ngger! Mangkono sakarone padhatindak sesarengan.9Sawuse padha tekan ing papan kang

kadhawuhake dening Gusti Allah, RamaAbraham tumuli yasa misbyah ana ing kono,kayune banjur ditata, kang putra Iskak

PURWANING DUMADI 22.1017 67

ditaleni sarta ditumpangake ing misbyah ingsadhuwure kayu. 10Rama Abraham tumulimulung astane ngasta lading, karsa nyembelehkang putra.11Nanging Sang Malaekate Yehuwah tumuli

nguwuh-uwuh marang Rama Abraham sakaing akasa, dhawuhe: Abraham! Abraham!Unjuke Rama Abraham: Kawula nuwun,kula! 12Dhawuhe Sang Malaekat: Tanganiraaja sira agagake marang si bocah, lan ajasira kapak-kapakake! Awitdene saiki Ingsunmirsa yen sira ngabekti marang Gusti Allah,nganti sira ora owel masrahake anakira lanangontang-anting marang Ingsun. 13Nalika RamaAbraham noleh, tumuli mirsa ing wingkingeana wedhus gembel lanang kang sungunekecanthol ana ing grumbulan, banjur dipurugidipundhut sarta banjur disaosake kagawekurban obaran ijole kang putra. 14Panggonaniku kawastanan dening Rama Abraham: SangYehuwah kang nyadhiyani. Awit saka ikunganti saprene ana tetembungan: Ana inggununge Sang Yehuwah bakal disadhiyani.15Sang Malaekate Yehuwah nguwuh marang

Rama Abraham saka ing akasa kapingpindhone, 16pangandikane: Ingsun supaosdemi PanjenenganingSun piyambak, --mangkono pangandikane Sang Yehuwah-- sarehne sira nglakoni kang mangkonoiku, nganti ora owel masrahake anakiraontang-anting marang Ingsun, 17mulane sirabakal Sunberkahi nganti luber lan turunirabakal Suntangkar-tangkarake cacahe nganti

PURWANING DUMADI 22.1823.2 68

kaya lintang ing langit lan kaya wedhi ingpinggir segara, sarta turunira bakal ngebekigapurane mungsuhe. 18Karodene marga sakaturunira iku sakehe para bangsa ing bumibakal padha binerkahan; marga sira wusngestokake dhawuhingSun. 19Rama Abrahamnuli tindak mbaleni abdine, tumuli padhabudhal bebarengan menyang ing Bersyeba,lan Rama Abraham banjur dedalem ana ingBersyeba.

Tedhak-turune Nahor

22:20-2420Kacarita sawuse lelakon iku mau, Rama

Abraham nampeni pawarta mangkene:Kauningana Milka sampun gadhah anakjaler patutan kaliyan sadherek panjenenganNahor. 21 Ingkang pambajeng Us, adhinipunBus, lajeng Kemuel, bapakipun Aram, 22ugiKhesed, Hazo, Pildasy, Yidlaf lan Betuel.23Betuel anak-anak Ribkah. Wolu iku kabehanake Milka patutan karo Nahor. 24Dene selirekang jenenge Reuma uga duwe anak, yaikuTebah, Gaham, Tahasy lan Maakha.

Ibu Sara seda lan kasarekake

23:1-20

231Bareng yuswane Ibu Sara wus satuspitu likur taun, -- iya samono iku

yuswane Ibu Sara -- 2 Ibu Sara banjur sedaana ing Kiryat-Arba, yaiku Hebron ing tanah

PURWANING DUMADI 23.39 69

Kanaan. Rama Abraham tumuli lumebetlan ngadhuh-adhuh sarta muwuni Ibu Sara.3Sawuse mangkono Rama Abraham tumulijumeneng lan nilar garwane kang seda iku,sarta rembagan karo bani Het, pangandikane:4 Kula punika tiyang ngamanca saha nenekawonten ing antawis panjenengan, keparengakula nggadhahi pakuburan pamijen wontening tanah panjenengan punika, supados kulasaged ngeteraken lan ngubur semah kula,ingkang tilar donya punika. 5Wangsulane baniHet marang Rama Abraham: 6 Panjenenganmugi miyarsakaken atur kula, dhuh bendara!Panjenengan punika wonten ing tengah-tengah kula ngriki kados dene raja agung;milanipun sumangga ingkang seda kula aturinyarekaken wonten pakuburan kula ingkangpilihan, mesthi boten wonten panunggilankula ingkang kawratan, pakuburanipunpanjenengan agem nyarekaken ingkangseda. 7Rama Abraham banjur tumelung anangarepe bani Het, pendhudhuke tanah kono,8 sarta padha dipangandikani mangkene:Manawi panjenengan sadaya sami sarujuk,kula ngubur tiyang kula ingkang tilar donya,sumangga kula aturi mirengaken rembag kula:kula mugi panjenengan tembungaken dhatengsadherek Efron bin Zohar, 9 supados kula dipunparingana kagunganipun guwa ing Makhpela,ingkang kaprenah wonten in pungkasaningpasitenipun; guwa punika kaparingna dhatengkula sapintena reginipun, supados kengingakula damel pakuburan pamijen wonten ing

PURWANING DUMADI 23.1017 70

tengah panjenengan ngriki. 10 Ing nalika ikuEfron mbeneri linggih ana ing satengahe baniHet. Efron wong Het mangsuli marang RamaAbraham keprungu dening wong-wong baniHet, dening kabeh wong kang padha nekaniing gapurane kutha, 11ature: Sampun ta,dhuh bendara kula, panjenengan piyarsakakenatur kula punika: Pasitenipun dalah guwanipuningkang wonten ngriku kula aturaken dhatengpanjenengan, kula aturi ngagem; wontening sangajenging para tiyang bangsa kula,punika kula caosaken dhateng panjenengan;kula aturi nyarekaken ingkang seda. 12RamaAbraham tumuli tumelung ana ing ngarepependhudhuk ing tanah kono, 13 sarta ngandikamarang Efron karungu dening wong-wongmau: Manawi sami dhangan, mugi atur kulapunika kapiyarsakna! Kula badhe ngaturakenarta pangaosipun pasiten, mugi karsaanampeni, ingkang tilar donya lajeng badhekula patak wonten ing ngriku. 14Efron banjurmangsuli marang Rama Abraham, ature:15 Ah, bendara! Kula aturi miyarsakakenatur kula: pasiten ingkang namung pangaossekawan atus sekel selaka punika, rak sanespunapa-punapa tumrap kita. Bok ingkang sedatumunten panjenengan sarekaken kemawon.16Rama Abraham banjur ndhahar ature Efron,sarta Efron dibobotake dhuwit pangajinelemah kaya kang dipratelakake lan dirungudening wong-wong bani Het mau, patangatus sekel selaka kang laku tumrape dagang.17Mangkono palemahane Efron kang ana ing

PURWANING DUMADI 23.1824.4 71

Makhpela, ing sawetane Mamre, palemahandalah guwane kang ana ing kono, dalah sakehewit-witan kang ana ing palemahan mau ingsawewengkone kabeh, 18 iku kapasrahakedadi kagungane Rama Abraham sineksenandening bani Het, dening wong-wong kangpadha nekani ing gapurane kutha. 19Sawusemangkono Rama Abraham banjur nyarekakeIbu Sara ana ing guwane palemahan ingMakhpela, ing sawetane Mamre, yaiku ingHebron tanah Kanaan. 20Mangkono palemahandalah guwane kang ana ing kono kapasrahakedadi kagungane Rama Abrham dening baniHet, kadadekake pakuburan pamijen.

Palakramane Rama Iskak

24:1-67

241Anadene Rama Abraham iku wussepuh lan akeh yuswane, sarta

tansah diberkahi dening Sang Yehuwahtumrap sakabeh-kabehe. 2Rama Abrahammau dhawuh marang tuwa-tuwane abdine,kang dipracaya nguwasani kabeh kang anaing daleme, pangandikane: Tanganmutumpangna ing sangisore cethikku, 3 supayakowe sumpah demi Sang Yehuwah Allaheswarga lan bumi ana ngarepku kene, yenanakku ora bakal kokgolekake sisihansaka panunggalane bocah wadon anakewong Kanaan, kang tanahe dakenggoni iki,4nanging kowe menyanga tanah asalku lan ingpanggonane kulawargaku, nggolekna jodho

PURWANING DUMADI 24.512 72

anakku Iskak. 5Abdi mau banjur matur:Bokmanawi tiyang estri wau boten purun kulabekta dhateng tanah ngriki, punapa ingkangputra Iskak ku