alkitab bahasa jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_jawa_pb.pdf ·...

1088
Alkitab Bahasa Jawa Edisi Formal 1981 Perjanjian Baru

Upload: vandan

Post on 28-Aug-2019

314 views

Category:

Documents


1 download

TRANSCRIPT

Page 1: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

AlkitabBahasa Jawa

Edisi Formal 1981

Perjanjian Baru

Page 2: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS

Sarasilahe Gusti Yesus

1:1-17Lk 3:23-38

11 Iki sarasilahe Gusti Yesus Kritus, tedhakeSang Prabu Dawud, tedhake Rama

Abraham. 2Rama Abraham peputra Iskak,Iskak peputra Yakub, Yakub peputra Yahudasasadhereke; 3Yahuda peputra Peres lanZerah, patutan saka Tamar; Peres peputraHezron, Hezron peputra Ram; 4Ram peputraAminadab, Aminadab peputra Nahason,Nahason peputra Salmon; 5Salmon peputraBoas patutan saka Rakhab; Boas peputraObed patutan saka Rut; Obed peputraIsai, 6 Isai peputra Sang Prabu Dawud,Sang Prabu Dawud peputra Sang PrabuSuleman, patutan saka tilas bojone Uria,7Sang Prabu Suleman peputra Rehabeam,Rehabeam peputra Abia, Abia peputra Asa,8Asa peputra Yosafat, Yosafat peputraYoram, Yoram peputra Uzia; 9Uzia peputraYotam, Yotam peputra Akhas, Akhas peputraHizkia; 10Hizkia peputra Manasye, Manasyepeputra Amon, Amon peputra Yosia; 11Yosiapeputra Yekhonya sasadhereke, nalika jamanpambuwangan menyang Babil. 12Sawisejaman pambuwangan menyang Babil,

Page 3: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 1.13–20 2

Yekhonya peputra Sealtiel, Sealtiel peputraZerubabel; 13Zerubabel peputra Abihud,Abihud peputra Elyakim, Elyakim peputraAzor; 14Azor peputra Zadhok, Zadhok peputraAkhim, Akhim peputra Eliud; 15Eliud peputraEleazar, Eleazar peputra Matan, Matan peputraYakub; 16Yakub peputra Yusuf bojone Maryam,kang mbabar Gusti Yesus, kang jejuluk SangKristus.17Dadi gunggunge saka Rama Abraham

tumeka Sang prabu Dawud iku ana patbelasturunan, saka Sang Prabu Dawud tumekaing jaman pambuwangan menyang Babilana patbelas turunan lan saka jamanpambuwangan menyang Babil tumeka SangKristus patbelas turunan.

Miyose Gusti Yesus

1:18-25Lk 2:1-7

18Anadene miyose Gusti Yesus Kristus ikusejarahe mangkene: Nalika Maryam kangibu lagi pacangan karo Yusuf, sadurungetunggal sapaturon, tinemu wus ngandhegmarga saka Sang Roh Suci. 19Sarehne Yusufbojone iku wong mursid sarta ora gelemmirangake Maryam ana ing ngarepe wongakeh, mulane sumedya medhot pepacanganekanthi sidheman. 20Nanging bareng lagiduwe gagasan mangkono iku, tumuli anamalaekating Pangeran ngatingali sajroningpangimpen, dhawuhe: “He, Yusuf, tedhake

Page 4: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 1.21–2.3 3

Dawud, aja sumelang anggonmu ngepekMaryam dadi bojomu, awit Putra kangkabobotake iku marga saka Roh Suci, 21 sartaMaryam bakal mbabar putra kakung, ikunamakna Yesus; awit iya iku kang bakalngluwari bangsane saka ing dosane.” 22Babiku anggone kalakon supaya kayektenanaapa kang kapangandikakake dening Pangeranlumantar nabi mangkene: 23 “Lah, sang kenyabakal nggarbini sarta mbabar putra kakung,kang asmane bakal sinebut Emanuel, tegese:Gusti Allah nunggil kalawan kita.” 24Yusufsatangine turu banjur ngestokake kaya kangdidhawuhake dening malaekating Pangeran,Maryam dipek bojo, 25nanging ora diwori turu,nganti tumekane wis mbabar putra, kangbanjur dinamakake Yesus.

Tekane para pandhita

2:1-12

21Nalika Gusti Yesus wus miyos ana ingkutha Betlehem ing tanah Yudea, yaiku

nalika jumenenge Sang Prabu Herodhes,banjur ana pandhita-pandhita saka ing tanahwetan padha teka ing kutha Yerusalem 2 lantakon-takon:“Ratunipun tiyang Yahudi ingkangnembe miyos punika wonten ing pundi? Margikula sampun sami sumerep lintangipun wontening wetan, dene anggen kula mriki punikabadhe sami sujud wonten ing ngarsanipun.”3Bareng Sang Prabu Herodhes miyarsa kangmangkono iku, banget getere, mangkono

Page 5: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 2.4–11 4

uga wong sakutha Yerusalem kabeh. 4SangPrabu banjur nimbali sakehe para pangarepingimam lan para ahli Toret bangsa Yahudi, lanpadha didangu ana ngendi bakal miyose SangKristus iku. 5Unjuke kang padha kadangu:“Wonten ing kitha Betlehem ing tanah Yudea,awit ingkang sampun kaseratan deningnabi makaten: 6Anadene sira, he Betleheming tanah Yahuda, sira iku babar pisan orakuciwa ana ing antarane para kang ngastapaprentahan ing tanah Yahuda, amarga sakasira bakal ana panutan kang miyos, kang bakalngengon umatingSun Israel.”7Sang Prabu Herodhes banjur nimbali para

pandhita mau kanthi dhedhemitan, padhakadangu genah-genahe wektu katoninglintange; 8nuli padha didhawuhi menyang ingBetlehem sarta kaweling: “Padha mangkata,titi-priksanen sing tlesih bab Sang Timuriku, dene samangsa wus ketemu, enggalpadha ngunjukana uninga marang aku,supaya aku iya bisa mrana ngabekti marangPanjenengane.” 9Para pandhita sawisenampani pangandikane Sang Nata, banjurpadha mangkat. Lah ing kono lintang kangwus dideleng ana ing wetan, iku ndhisikilakune tumeka ing padunungane Sang Timurlan mandheg ing sandhuwure. 10Barengweruh lintang mau, padha banget bungahe.11Banjur padha lumebu ing omah lan ndelengSang Timur karo Maryam kang ibu, nuli padhasumungkem sujud marang Panjenengane.Banjur padha mbukaki pethine raja-brana,

Page 6: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 2.12–15 5

Panjenengane disaosi pisungsung arupa mas,menyan lan blendok mur. 12Sawise mangkono,sarehne padha tampa wangsiting Pangeran ingsajroning pangimpen, supaya aja bali sowaning ngarsane Sang Prabu Herodhes, mulanemulihe menyang tanahe padha metu ing dalanliyane.

Gusti kaungsekakemenyang ing tanah Mesir

2:13-1513Sapungkure para pandhita mau lah tumuli

ana malaekating Pangeran, kang ngatingalimarang Yusuf ing sajroning pangimpen landhawuh:“Tangia, Sang Timur lan kang ibuungsekna menyang ing tanah Mesir, sartamanggona ing kana nganti Ingsun paringpangandika marang sira; mulane mangkonoawit Herodhes bakal nggoleki Sang Timur arepdisedani.” 14Yusuf tangi lan ing bengi iku ugaSang Putra dalah kang ibu diajak ngungsimenyang ing tanah Mesir, 15 lan manggon ingkana nganti sasedane Sang Prabu Herodhes.Mangkono dadine kayektenan apa kangkapangandikakake dening Pangeran lumantarnabi: “Saka ing tanah Mesir anggoningSunnimbali PutraningSun.”

Page 7: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 2.16–22 6

Tumpese bocah-bocah ing kutha Betlehem

2:16-1816Bareng Sang Prabu Herodhes ngertos yen

Panjenengane dicidrani dening para pandhita,banget dukane, banjur dhawuh matenisakehe bocah lanang ing kutha Betlehemsalaladane, kang umur rong taun sapangisor,manut wektu anggone angsal katrangan sakapara pandhita. 17 Ing kono kayektenan kangkapangandikakake dening Nabi Yeremia:18 “Ana swara kaprungu ing kutha Rama,panangis lan pangadhuh kang sora; Rakhelnangisi anak-anake lan emoh kalipur, awitanak-anake wus padha ora ana.”

Kondure Gusti saka ing tanah Mesir

2:19-2319Bareng Sang Prabu Herodhes wus seda,

ana malaekating Pangeran kang ngatingalimarang Yusuf ing sajroning pangimpen ana ingtanah Mesir, kang dhawuh: 20 “Tangia, SangTimur lan kang ibu jaken bali menyang tanahIsrael, amarga sing padha ngarah sedane SangTimur wus padha mati.” 21Yusuf tangi, SangPutra lan kang ibu diajak bali menyang tanahIsrael. 22Ananging bareng krungu warta, yenPangeran Arkhelaus nggentosi kang RamaSang Prabu Herodhes jumeneng nata ana ingtanah Yudea, dadi sumelang yen mranaa.Nanging sarehne tampa wangsiting Allah ing

Page 8: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 2.23–3.7 7

sajroning pangimpen, banjur ngener menyanging tlatah tanah Galilea. 23Satekane ing kono,tumuli manggon ing kutha kang aran Nasaret.Kang mangkono iku supaya kayektenana kangkapangandikakake dening para nabi, yen GustiYesus bakal kasebut: wong Nasaret.

Nabi Yokanan Pambaptis

3:1-12Mk 1:1-8; Lk 3:3-9, 15-17; Yo 1:19-28

31 Ing nalika samana Nabi YokananPambaptis rawuh ing ara-ara samun

ing tanah Yudea, nggelarake piwulang,pangandikane: 2 “Padha mratobata, amargaKratoning Swarga wus cedhak!” 3Dene satemeiya Nabi Yokanan iku kang kapangandikakakedening Nabi Yesaya mangkene:“Ana swarakang nguwuh-uwuh ana ing ara-ara samun:Padha nyawisna margining Pangeran, lurung-lurunge padha lencengna.” 4Nabi Yokananiku pangagemane kang kagawe wulu unta,sarta apaningset walulang; kang kadhaharwalang lan madu alas. 5Banjur diparanidening wong-wong saka ing kutha Yerusalem,saka ing tanah Yudea kabeh lan saka ingwewengkon sakiwatengene bengawan Yarden.6Wong-wong mau tumuli padha dibaptisidening Nabi Yokanan ana ing bengawan Yardenkalawan ngakoni dosane.7Nanging bareng Nabi Yokanan mirsa wong

Farisi lan wong Saduki akeh kang padhateka sarta nyuwun kabaptis, banjur padha

Page 9: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 3.8–15 8

dipangandikani mangkene: “Heh, tetesaningula bedhudhak, sapa kang akon kowe nyingkiribebendu kang bakal teka? 8Yen mangkonopadha metokna woh kang sembada marangpamratobat. 9Lan aja padha duwe pikiranmangkene: Aku rak trahe Rama Abraham. Awitaku pitutur marang kowe, sanadyan saka watuiki Gusti Allah kuwaos mijilake anak kanggotrahe Rama Abraham. 10Karodene wadungwus cumawis ing poking wit-witan; saben witkang ora metokake woh kang becik, mesthikategor lan kacemplungake ing geni. 11Aku ikimbaptisi kowe kabeh nganggo banyu amrihpatobatmu, nanging kang bakal rawuh nungkaaku, iku luwih kuwasa tinimbang aku lan mboknyopot ageme trumpah bae aku ora pantes.Iku bakal mbaptisi kowe kalawan Roh Suci langeni. 12Panjenengane wus ngasta tampah;panutone bakal diresiki nganti tapis sartagandume bakal diklumpukake ing lumbung,nanging mrambute bakal diobong ing genikang ora kena sinirep.”

Gusti Yesus dibaptis Nabi Yokanan

3:13-17Mk 1:9-11; Lk 3:21-22; Yo 1:32-34

13Nalika samana Gusti Yesus saka ing tanahGalilea rawuh ing bengawan Yarden murugiNabi Yokanan, karsane supaya dibaptisa.14Nanging nabi Yokanan menggak, unjuke:“Kawula ingkang prelu Paduka baptis, lah kokPaduka ngrawuhi kawula.” 15Nanging Gusti

Page 10: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 3.16–4.6 9

Yesus paring wangsulan, pangandikane: “Wista, cikben, amarga iya mangkono iku patuteAku lan kowe padha netepi sakehe kabeneran.”Nabi Yokanan tumuli sumarah. 16Sawisekabaptis Gusti Yesus banjur mentas saka ingbanyu, lah ing kono langit tumuli piyak lanPanjenengane mirsa Rohing Allah tumedhakpindha manuk dara, anedhaki Panjenengane.17Banjur ana swara saka ing swarga, kangngandika: “Iki PutraningSun, kekasihingSun,kang ndadekake renaning panggalihingSun.”

Gusti Yesus kagodha dening Iblis

4:1-11Mk 1:12-13; Lk 4:1-13

41Sawuse mangkono Gusti Yesus katuntundening Roh menyang ing ara-ara samun

supaya kagodha dening Iblis. 2Salebaresiyam patang puluh dina patang puluhbengi, wekasan kerapan. 3 Juru panggodhabanjur sowan ing ngarsane sarta munjukmangkene: “Manawi Panjenengan PutraningAllah, sumangga sela-sela punika Panjenengansabdakaken dados roti.” 4Nanging Gusti Yesusparing wangsulan, pangandikane: “Ana tulisanmangkene: Uripe manungsa iku ora mungsaka roti bae, nanging saka sakabehing sabdakang miyos saka ing lesaning Allah.”5 Iblis tumuli nggawa Gusti Yesus menyang

ing kutha Suci lan dijumenengake ana ingdhuwur payone Padaleman Suci, 6banjurmunjuk mangkene: “Manawi Panjenengan

Page 11: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 4.7–13 10

Putraning Allah, sumangga kula aturi anjlogmangandhap, awit wonten seratan makaten:Pangeran bakal ndhawuhi para malaekatetumrap sira, sarta sira bakal ditadhahi ingtangane, supaya sikilira aja nganti kesandhunging watu.” 7Pangandikane Gusti Yesus: “Anamaneh tulisan mangkene:Sira aja nyobaPangeran Allahira.” 8Gusti Yesus banjurdigawa Iblis maneh munggah ing gunung kangdhuwur banget lan diaturi mirsani sakehekrajan ing donya dalasan kamulyane, 9nulimunjuk mangkene: “Punika sadaya badhe kulacaosaken dhateng Panjenengan, anggeripunPanjenengan sumungkem sujud dhatengkula.” 10 Ing kono Gusti Yesus banjur ngandikamarang Iblis:“Wis, lungaa, setan!” Sababana tulisan mangkene: Pangeran Allahirakang kudu sira sembah lan PanjenenganePiyambak kang kudu sira abekteni.” 11 Iblisbanjur lengser saka ing ngarsane Gusti Yesus;lah ing kono tumuli ana malaekat-malaekatkang padha sowan lan ngladosi Panjenengane.

Gusti Yesus pindhah menyanging kutha Kapernaum

4:12-17Mk 1:14-15; Lk 4:14-15

12Bareng Gusti mireng pawarta, yen nabiYokanan wus kacepeng, Panjenengane banjurtindak sumingkir menyang ing tanah Galilea,13pindhah saka Nasaret lan dedalem ana ingkutha Kapernaum, ing sapinggiring sagara ing

Page 12: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 4.14–21 11

laladan tanah Zebulon lan Naftali, 14 supayakayektenana kang kapapangandikakakedening Nabi Yesaya mangkene:15 “Tanah Zebulon lan tanah Naftali, dalan

menyang ing sagara, ing sabrangebengawan Yarden, tanah Galileapanggonane bangsa-bangsa liya,

16bangsa kang manggon ing pepeteng,iku wus ndeleng Papadhang kanggedhe, sarta wong kang padhamanggon ing tanah kang kalimputan ingwewayangning pati, iku wus kaplethekanPepadhang.”

17Wiwit nalika iku Gusti Yesus nggelarakepiwulang, pangandikane: “Padha mratobata,amarga Kratoning Swarga wus cedhak!”

Gusti Yesus wiwit angsal sakabat

4:18-22Mk 1:16-20; Lk 5:1-11

18Nalika Gusti Yesus pinuju tindak urutpinggiring sagara Galilea, mirsa wong loropadha sadulur, yaiku Simon kang karanPetrus karo Andreas sadulure, lagi padhanibakake jala ing sagara, amarga padha dadijuru-amek-iwak. 19Banjur padha didhawuhi:“Ayo, padha melua Aku, kowe padha bakalDakdadekake juru-amek-wong.” 20Sanalikabanjur padha ninggal jalane, ndherekakeGusti Yesus. 21Sabanjure nalika tindak sakakono, Panjenengane mirsa wong loro maneh,uga padha sadulur, yaiku Yakobus anake

Page 13: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 4.22–25 12

Zebedheus karo Yokanan sadulure, ana ingprau lagi ngrewangi Zebedheus bapakneanggone nyulami jalane, banjur padhaditimbali 22Sanalika padha ninggal praune lanbapakne, nuli ndherekake Gusti Yesus.

Gusti Yesus wiwit lelana nggelarake Injil

4:23-25Lk 6:17-19

23Gusti Yesus tumuli ndlajahi satlatahe tanahGalilea kabeh, memulang ana ing papan-papanpangibadahe wong kono, sarta nggelarakeInjiling Kraton, apadene nyarasake sarupanelelara lan sarupane memala, kang tinemuing satengahing bangsa kono. 24Pawarta babPanjenengane iku banjur sumebar ing tanahSiria kabeh; sakehe wong, kang nandhanglelara banjur padha disowanake menyanging ngarsane, kang rupa-rupa lelarane lansangsarane, wong kasurupan, wong ayanlan wong lumpuh, tumuli padha diwarasake.25Wong akeh padha gumrudug ndherekaketindake, pinangkane saka ing tanah Galilea,ing Dekapolis, ing Yerusalem lan ing tanahYudea tuwin ing sabrange bengawan Yarden.

Page 14: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 5.1–9 13

PIWULANGE GUSTIANA ING GUNUNG

5:1-16

Wong apa kang rahayu

5:1-12Lk 6:20-23

51Bareng Gusti Yesus mirsa wong akehiku, banjur minggah ing gunung lan

sawise lenggah, para sakabate padha ngadheping ngarsane. 2Tumuli Gusti Yesus medharpangandika, paring piwulang, pangandikane:3 “Rahayu wong kang mlarat ing budi, awit

iku kang padha nduweni Kraton ingSwarga.

4Rahayu wong kang prihatin, awit iku bakalpadha kalipur.

5Rahayu wong kang alus ing budi, awit ikubakal padha tampa warisan bumi.

6Rahayu wong kang kaluwen lan ngelakmarang kasampurnan, awit iku kangbakal padha kawaregan.

7Rahayu wong kang ambek welasan, awitiku bakal padha oleh piwelas.

8Rahayu wong kang resik atine, awit ikubakal padha sumurup marang Allah.

9Rahayu wong kang dhemen ngrukunake,awit iku bakal padha kasebut paraputraning Allah.

Page 15: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 5.10–16 1410Rahayu wong kang dikaniaya marga saka

kayekten, awit iku kang padha nduweniKratoning Swarga.

11Rahayu kowe, manawa marga saka Akukowe diwewada lan dikaniaya sartadipitenah.

12Padha bungaha lan sukarenaa, sababgedhe ganjaranmu ana ing swarga, awitiya kaya mangkono anggone wong-wongpadha nganiaya para nabi sadurungekowe.”

Bab uyahing bumi lan pepadhanging jagad

5:13-1613 “Kowe iku padha dadi uyahing bumi. Lah

yen uyah iku ilang asine, apa kang kanggomulihake asine? Wis ora ana gunane manehkajaba mung dibuwang lan diidak-idak ingwong.14Kowe iku padha dadi pepadhanging jagad.

Kutha kang ana ing dhuwur gunung iku orabisa kaling-kalingan. 15Lan maneh wongnyumed diyan iku ora banjur dikurebi tompo,nanging ditumpangake ing jodhog, supaya bisamadhangi wong saomah kabeh. 16Samono ugapadhangmu iya sorotna marang wong, supayaiku padha sumurup marang tindak-tandukmukang becik, temah padha ngluhurake Ramamukang ana ing swarga.”

Page 16: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 5.17–20 15

BAB NETEPI ANGGER-ANGGER5:17-48

Bab kabeneran kang sampurna

5:17-20Lk 6:27-36

17 “Kowe aja padha duwe pangira, yentekaKu iku arep nyuwak Toret utawa kitabepara nabi. TekaKu ora nyuwak, nangingmalah nindakake. 18Awit satemene pituturKumarang Kowe: Nganti sirnane langit lan bumiiki, angger-angger ora bakal sirna saiyotutawa sacorek, sadurunge iku kabeh kalakon.19Mulane sing sapa ngorakake salah sawijiningpepakon iki, sanadyan kang cilik dhewe,sarta memulang mangkono marang wong,iku bakal oleh papan kang asor dhewe anaing Kratoning Swarga. Nanging sing sapanindakake lan mulangake kabeh pepakoningToret, iku bakal oleh papan kang dhuwur anaing Kratoning Swarga. 20Mulane pituturKumarang kowe: Manawa kasampurnanmu orangungkuli kabeneraning para ngulama lan parawong Farisi, kowe mesthi ora bakal lumebuKratoning Swarga.”

Page 17: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 5.21–26 16

Bab memateni

5:21-2621 “Kowe wus padha krungu, yen para leluhur

padha kaparingan pangandika mangkene:Sira aja memateni, sing sapa mematenikudu diukum. 22Nanging Aku pitutur marangkowe: Sing sapa nepsu marang sadulure,kudu diukum; sing sapa ngunekake sadulure:kapir, kudu diukum dening pangadilan agama,lan sing sapa ngunekake; gemblung, mesthikacemplungake ing naraka murub.23Mulane manawa kowe nggawa pisungusng

menyang misbyah, mangka banjur kelinganyen sadulurmu lagi sengit karo kowe,24pisungsungmu tinggalen ana ing ngarepemisbyah kono, nuli maranana sadulurmu mau,rukuna dhisik, sawuse banjur balia, nyaosnapisungsungmu.25Endang rukuna karo lelawananmu nalika

lagi lumaku bebarengan menyang pangadilan,supaya kowe aja nganti diladekake deninglelawananmu mau marang jaksa, jaksabanjur masrahake kowe marang pambantune,temahan kowe dilebokake ing pakunjaran.26Satemene pituturKu marang kowe: koweora bakal metu saka ing kono, sadurungekowe nyaur utangmu nganti sah.”

Page 18: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 5.27–33 17

Bab laku jina

5:27-3227 “Kowe wus padha krungu pangandika

mangkene: Sira aja laku jina! 28Nanging Akupitutur marang kowe: Sing sapa mandengwong wadon kalawan nduweni krenteg marangdheweke, iku wus laku jina sajroning atine.29Mulane manawa mripatmu tengen dadijalaraning piala, cuplaken banjur buwangen,amarga luwih becik kelangan salah sawijiningperanganing badanmu katimbang badanmusakojur kacemplungake ing naraka. 30Lanmaneh manawa tanganmu tengen dadijalaraning piala, kethoken banjur buwangen,amarga luwih becik kelangan salah sawijiningperanganing badanmu katimbang badanmusakojur kacemplungake ing naraka.31Uga ana pangandika mangkene: Sing sapa

megat bojone, kudu menehi layang pegat.32Nanging Aku pitutur marang kowe: Singsapa megat bojone ora jalaran saka laku jina,iku ndadekake bojone laku jina lan sing sapangrabeni wong wadon mau, dadi laku jina.”

Bab Supata

5:33-3733 “Kowe wus padha krungu, yen para leluhur

padha tampa pangandika mangkene: Ajanglairake sumpah palsu, nanging tetepanasumpahira ana ing ngarsaning Pangeran.

Page 19: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 5.34–42 1834Nanging Aku malah pitutur marang kowe:Aja supata babar pisan, dadia demi swarga,awit iku dhamparing Allah, 35dadia demi bumi,awit iku ancik-anciking sampeyane, dadiademi Yerusalem, awit iku kuthane Sang NataAgung. 36 Iya aja supata demi sirahmu, awitkowe ora bisa mutihake utawa ngirengakerambutmu saele bae. 37Yen iya, kandhaa: iya,yen ora, kandhaa: ora. Saluwihe saka iku,asale saka pangawak dursila.”

Bab wewales

5:38-4238 “Kowe wus padha krungu pangandika

mangkene: Mripat winales mripat, untuwinales untu. 39Nanging Aku pitutur marangkowe: Kowe aja nglawan marang wong kanggawe piala marang kowe, malah sapa kangnangani pipimu tengen, pipimu kiwa ugaulungna pisan. 40Lan manawa ana wongkang arep prakaran karo kowe, sedyanengepek klambimu, jubahmu pasrahna pisan.41Apadene manawa kowe dipeksa dikonngiringake lakune wong samil, iringna ngantirong mil. 42Yen ana wong njejaluk marangkowe, wenehana lan aja nulak wong kang areputang marang kowe.”

Page 20: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 5.43–48 19

Bab tresna ing sapadha-padha

5:43-4843 “Kowe iya wus padha krungu pangandika:

Sira tresnaa marang sapepadhanira lan sengitamarang mungsuhira! 44Nanging aku malahpitutur marang kowe: Padha tresnaa marangmungsuhmu; wong kang nganiaya kowe padhadongakna slamet, 45 supaya kowe padhakatitika, yen dadi putrane Ramamu kangana ing swarga, kang mlethekake srengengemarang wong ala lan wong becik, sartanurunake udan marang wong kang ambek adillan kang ora. 46Dene manawa kowe tresnamarang wong kang nresnani kowe, iku koweoleh pituwas apa? Para juru-mupu-beya rak yatumindak mangkono, ta? 47Lan manawa koweaweh salam mung marang sadulur-sadulurmubare, kaluwihanmu apa? Wong kapir rak yatumindak mangkono, ta? 48Mulane kowepadha sampurnaa, kaya Ramamu ing swargaiya sampurna.”

Page 21: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 6.1–5 20

TUTUGE PIWULANGANA ING GUNUNG

6:1-34

Bab dedana

6:1-4

61 “Padha dieling, aja padha nglakonikawajibaning agamamu ana ing

sangareping wong, supaya katona ing wongiku, awit yen mangkono, kowe ora bakal olehpeparing apa-apa saka Ramamu kang anaing swarga. 2Mulane yen kowe dedana, ajakokjuwarakake kaya adate para wong lamisana ing papan-papan pangibadah lan inglurung-lurung, pamrihe supaya dialem ingwong. Satemene Aku pitutur marang kowe, ikuwus padha tampa pituwase. 3Nanging manawakowe dedana, tanganmu kiwa aja ngantisumurup apa kang ditindakake tanganmutengen. 4Dadi anggonmu dedana iku ajanganti katon; Ramamu kang nguninganitindakmu kang ora katon iku, bakal paringpiwales marang kowe.”

Bab ndedonga

6:5-15Lk 11:2-4

5 “Dene manawa kowe padha ndedonga,aja kaya para wong lamis, amarga iku

Page 22: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 6.6–13 21

padha seneng ndedonga adeg-adegan ana ingpapan-apan pangibadah lan ing pojok-pojokinglurung, pamurihe supaya katona ing wong.Satemene pituturKu marang kowe: Iku wuspadha tampa pituwase. 6Nanging manawakowe ndedonga, lumebua ing kamarmu,lawange inebna, banjur ndedongaa marangRamamu kang ora katon. Dene Ramamu kangmirsa tindakmu kang ora katon iku bakalparing piwales marang kowe.7Apamaneh, sajrone ndedonga, aja nganggo

tembung akeh-akeh kaya adate wong kapir,awit iku padha nduweni pangira, yen margasaka akehing tembunge, pandongane bakalkabul. 8Dadi aja tiru-tiru wong iku, awitRamamu mirsa apa sing kokbutuhake,sadurunge kowe matur. 9Marga saka ikundedongaa mangkene:Dhuh, Rama kawula ingkang wonten ing

swarga,Asma Paduka mugi kasucekaken.10Kraton Paduka mugi rawuh.Karsa Paduka mugi kalampahan wonten ing

bumikadosdene wonten ing swarga.11Kawula mugi kaparingan rejeki kawula

sacekapipun ing dinten punika.12Saha Paduka mugi ngaputen kalepatan

kawula, kadosdene kawula inggihngapunteni tetiyang ingkang kalepatandhateng kawula.

13Punapa dene kawula mugi sampun ngantoskatandukaken dhateng ing panggodha,

Page 23: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 6.14–18 22

nanging mugi sami Paduka uwalakensaking piawon. [Awitdene Padukaingkang kagungan Kraton saha wisesatuwin kamulyan salami-laminipun.Amin.]

14Sabab, manawa kowe padha ngapurakaluputaning wong,

Ramamu ing swarga iya bakal ngapuramarang kowe.

15Nanging manawa kowe ora ngapuramarang wong, Ramamu iya bakal ora ngapurakaluputanmu.”

Bab pasa

6:16-1816 “Anadene manawa kowe padha pasa,

ulatmu aja kokgawe aclum kaya para wonglamis, awit iku padha nyengungusake ulate,supaya wong-wong padha weruh yen lagipasa. Satemene pituturKu marang kowe: ikuwus padha tampa pituwase. 17Nanging kowemanawa pasa, sirahmu lenganana lan raupa,18 supaya anggonmu pasa aja katara wong,ngemungna kauningan ing Ramamu kangana ing papan kang ora katon. Ing mengkoRamamu kang mirsa kang ora katon iku bakalparing piwales marang kowe.”

Page 24: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 6.19–24 23

Bab nglumpukake bandhalan bab diyaning badan

6:19-2319 “Aja padha nglumpukake bandha ana

ing donya; ana ing donya bakal kena ingrenget lan taiyeng kang ngrusak, sarta bisakatekan maling kang mbabah lan nyolong.20Nanging padha nglumpukna bandha ingswarga, kang ora bakal kena ing renget lantiyeng kang ngrusak lan ora bakal katekanmaling kang mbabah lan nyolong. 21Amargaing ngendi dununge bandhanmu, iya ana ingkono dununge atimu.22Diyaning badan iku mripat; manawa

mripatmu waras, badanmu sakojurkapadhangan. 23Nanging manawa mripatmucacad, badanmu dadi peteng kabeh. Dadimanawa pepadhang kang ana ing kowe dadipeteng, saiba ta petenge iku.”

Bab ngrangkep pangawulanlan bab sumelang

6:24-34Lk 12:22-31

24 “Ora ana wong kang bisa ngrangkeppangawulan, awit ora wurung bendarane kangsiji bakal disengiti; sijine ditresnani, utawabakal setya marang kang siji lan nyepelekakemarang sijine. Kowe ora bisa ngawula marangAllah lan marang Mamon.

Page 25: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 6.25–32 2425Mulane Aku pitutur marang kowe: Aja

padha sumelang ing bab uripmu, bab apakang bakal kokpangan utawa kokombe, lanbab badanmu, apa kang bakal kokanggo.Ajine urip iku apa ora ngungkuli pangan, lanajine badan ngungkuli sandhangan? 26Padhadelengen manuk-manuk ing awang-awang,padha ora nyenyebar lan ora derep, sartaora tetandho ana ing lumbung, ewadenepadha kaparingan pakan dening Ramamukang ana ing swarga. Apa kowe ora kinacekluwih banget katimbang karo manuk-manukiku? 27Sapa ta panunggalanmu kang bisanyambungi umure saasta bae marga sakasumelang? 28Mangkono maneh yagene kowepadha sumelang bab sandhang-panganggo?Padha nyawanga kembang bakung ingara-ara anggone tumuwuh, ora nganggonyambut-gawe lan ngantih. 29Ewadene Akupitutur marang kowe: Sanadyan Raja Sulemansajrone sagunging kaluhurane, pangagemaneora madhani salah sawijining kembang iku.30Mulane yen suket ing ara-ara kang dina ikiisih ana, sesuk diobong, iku dipanganggoninganti kaya mangkono dening Allah, sayamaneh kowe, heh, wong kang cupet ingpangandel! 31Awit saka iku aja padhasumelang lan calathu: Kang padha dakpanganapa? Utawa: Kang padha dakombe apa?Lan maneh: Kang padha daksandhang apa?32Awit iku kabeh diupaya dening para wongkapir; kowe aja mangkono, awit Ramamuing swarga wus mirsa, yen iku mau kabeh

Page 26: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 6.33–7.5 25

dadi kabutuhanmu. 33Ananging KratoningAllah lan kasampurnane, iku padha upayanendhisik, nuli samubarang iku mau kabeh bakaldiparingake marang kowe. 34Mulane ajapadha sumelang ing bab dina sesuk, amargadina sesuk iku kadunungan kasusahan dhewe.Kasusahan sadina, wus cukup kanggo sadina.”

TUTUGE PIWULANGANA ING GUNUNG

7:1-29

Bab ngukumi

7:1-5Lk 6:37-38, 41-42

71 “Aja padha netepake alaning wong,supaya kowe iku aja katetepake alamu.

2Amarga wewaton kang kokanggo ngukumiala-beciking wong, yaiku kang bakal dianggongukumi ala-becikmu. Sarta takeran kangkokanggo nenaker, yaiku kang bakal dianggonaker kowe. 3Kapriye dene kowe weruh tatalkang ana ing mripate sadulurmu, mangkaglondhong kang ana ing mripatmu dhewe,kowe kok ora weruh? 4Kapriye dene kowe kokbisa kandha karo sadulurmu: Coba, tatal singana ing mripatmu iku dakilangane, mangkamripatmu dhewe ana glondhonge? 5Heh,wong lamis, ilangana dhisik glondhong singana ing mripatmu, mengko kowe bakal kanthi

Page 27: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 7.6–11 26

pramana anggonmu ngilangi tatal sing ana ingmripate sadulurmu.”

Bab barang kang suci lan pangaji

7:66 “Bareng kang suci aja kokwenehake marang

asu, lan mutyaramu aja kokuncalake marangngarepe babi, supaya ora diidak-idak sartabanjur minger nyempal-nyempal kowe.”

Bab ngantepi ing pandonga

7:7-11Lk 11:9-13

7 “Padha nyenyuwuna, temah bakalkaparingan. Padha golek-goleka, temahbakal oleh. Padha thothok-thothoka, temahbakal kawenganan. 8Sabab saben wong kangnyuwun, bakal tampa, sing golek bakal oleh lansing thothok-thothok iku bakal kawengananlawang. 9Apa ana panunggalanmu kangdijaluki roti anake, kok menehi watu, 10utawayen dijaluki iwak, kok menehi ula? 11Dadineyen kowe kang ala padha mangreti ing babpaweweh kang becik marang anak-anakmu,saya maneh Ramamu kang ana ing swarga,mesthi peparing kang becik marang wong singpadha nyenyuwun marang Panjenengane.”

Page 28: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 7.12–19 27

Dalan kang bener

7:12-1412 “Mulane apa sing kokkarepake ing bab

tumindake wong marang kowe, iku iya etrapnamarang wong, amarga iya mangkono ikusurasane Toret lan kitabe para nabi.13Padha lumebua metu ing lawang kang

ciyut, awit amba lawange lan jembar dalanekang anjog ing karusakan, mangka akeh wongkang padha metu ing kono. 14Kosok balineciyut lawange lan rupit dalane kang anjog ingurip, mangka mung sathithik wong kang nemuiku.”

Piwulang kang nasar

7:15-2315 “Sing waspada marang para kang

mindha-mindha nabi, kang padha nekanikowe kanthi nyamur dadi wedhus gembel,mangka sajatine iku asu ajag kang galak.16 Iku bakale padha katitik marang kowe sakawohe. Apa ana thethukulan eri kok awohanggur, utawa rerungkudan kok metokake wohanjir? 17Dadine wit kang becik metokake wohbecik, wit kang geringen wohe iya ora apik.18Wit kang becik ora bisa metokake woh kangala, lan wit kang geringen ora bisa metokakewoh kang becik. 19Sarupane wit kang orametokake woh kang becik, mesthi kategor

Page 29: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 7.20–27 28

lan banjur kacemplungake ing geni. 20Dadinewong-wong mau bakal katitik saka wohe.21Kang bakal lumebu ing Kratoning Swarga

iku dudu angger wong kang ngucap marangAku: Gusti, Gusti, nanging mung wong kangnglakoni sakarsane RamaKu kang ana ingswarga. 22 Ing dina wekasan bakal akeh wongkang padha matur marang Aku: Gusti, Gusti,punapa kawula boten sampun medhar wangsitatas asma Paduka, sarta sampun nundhungidhemit atas asma Paduka, punapa malihsampun ngawontenaken mukjijat kathahatas asma Paduka? 23 Ing wektu iku bakalpadha dakblakani mangkene: Aku durung tauwanuh karo kowe. Padha sumingkira sakaing ngarepKu, heh, wong kang padha gaweduraka.”

Bab ngrungokake lan nglakoni

7:24-29Lk 6:47-49

24 “Mulane saben wong kang ngrungokakepituturKu lan banjur dilakoni, iku kayadenewong pinter, kang ngadegake omahe ana ingpadhasan. 25Bareng udan deres, banjur banjirsarta ana angin gedhe, kang nempuh omahmau, nanging ora ambruk, amarga katelesaning padhasan. 26Nanging saben wong kangngrungokake pituturKu mangka ora dilakoni,iku upamane kaya wong kang gemblung,kang ngadegake omahe ana ing pawedhen.27Bareng udan deres, terus banjir, sarta ana

Page 30: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 7.28–8.4 29

angin gedhe, kang nempuh omah mau banjurambruk lan banget rusake.”28Kacarita, bareng Gusti Yesus wus mungkasi

pangandikane iku mau, wong kabeh padhagumun banget marang piwulange, 29 jalarananggone mulang kaya kang kagunganpanguwasa, ora kaya para ahli Toret.

Wong lara budhugen kawarasake

8:1-4Mk 1:40-45; Lk 5:12-16

81Bareng Gusti Yesus tumedhak inggunung, banjur kadherekake wong

pirang-pirang gegolongan. 2Lah ing kono anawong budhugen sowan sarta sujud marangPanjenengane, unjuke: “Gusti, manawiPaduka karsa, inggih tamtu saged mbiratnajis kawula.” 3Gusti Yesus nuli mulungastane, ndemek wong mau sarta ngandika:“Aku karsa, birata najismu.” Padha sanalikakabirat budhuge temahan dadi resik. 4Banjurkadhawuhan dening Gusti Yesus: “Poma babiki aja kokkandhakake marang sapa-sapa. Wislungaa, awakmu tuduhna marang imam lancaosa kurban, sing diprentahake dening NabiMusa, minangka peseksi marang wong.”

Page 31: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 8.5–11 30

Abdi opsir ing Kapernaum kawarasake

8:5-13Lk 7:1-10; Yo 4:46-53

5Nalika Gusti Yesus lumebet ing kuthaKapernaum, ana sawijining opsir panatussowan ing ngarsane sarta darbe aturpanyuwun, unjuke: 6 “Bandara, rencangkawula sakit lumpuh, nggluntung wontening griya, langkung sanget anggenipunngraosaken sakit.” 7Pangandikane GustiYesus: “Aku dak mrana, dakwarasne.”8Nanging atur wangsulane opsir mau:“Bandara, boten pantes kawula nampeniPaduka wonten ing gubug kawula, mugikarsaa ngandika satembung kemawon,rencang kawula tamtu lajeng saras. 9Amargikawula piyambak punika tiyang ingkang kerehlan inggih ngereh prajurit. Manawi kawulaaken dhateng ingkang satunggal: Lungaa!lajeng kesah; utawi dhateng sanesipun:Mrenea! inggih lajeng dhateng. Tuwin dhatengrencang-tumbasan kawula: Iku lakonana!inggih lajeng dipun lampahi.” 10BarengGusti Yesus mireng kang mangkono iku,Panjenengane kaeraman, banjur ngandikamarang kang padha ndherek: “SatemenepituturKu marang kowe: Pangandel kangsamene gedhene iki Aku durung tau tumonana ing satengahing bangsa Israel. 11Akupitutur marang kowe: Bakal akeh wong kangteka saka ing wetan lan ing kulon kang padha

Page 32: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 8.12–17 31

melu kembul bujana karo Rama Abraham,Iskak lan Yakub ana ing Kratoning Swarga,12mangka para putraning Kraton bakal padhakabuwang menyang pepeteng ing jaba, ingkono bakal ana tangis lan keroting untu.”13Gusti Yesus banjur ngandika marang opsirpanatus mau: “Wis, mundura, katekana kayakang dadi pangandelmu.” Sanalika iku ugaabdine waras.

Gusti Yesus nyarasake emboknemaratuwa Petrus lan wong-wong liyane

8:14-17Mk 1:29-34; Lk 4:38-41

14Sawise iku Gusti Yesus banjur tindakmenyang omahe Petrus. Gusti mirsa emboknemaratuwa nggluntung ana ing paturon, larapanastis. 15Tumuli didemek tangane, temahanwaras, banjur ngladeni tamune. 16Soreneakeh wong sing padha kesurupan dhemit singpadha di owanake menyang ngarsane GustiYesus. Dhemite padha ditundhungi saranapangandika lan sarupane wong kang nandhanglelara padha diwarasake. 17Bab iki kalakonesupaya kayektenana kang kapangandikakakedening Nabi Yesaya: “Panjenengane wusngrembat karingkihan kita lan nyanggi lelarakita.”

Page 33: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 8.18–25 32

Bab ngetut-wingking Gusti

8:18-22Lk 9:57-62

18Bareng Gusti mirsa wong akeh padhangrubung Panjenengane, banjur dhawuhnyabrang. 19Nuli ana sawijining wong ahliToret kang sowan sarta munjuk: “Guru,kula badhe ndherek Panjenengan dhatengpundi kemawon anggen Panjenengan tindak.”20Gusti Yesus ngandika: “Asu-wawar padhaduwe rong, lan manuk ing awang-awang padaduwe susuh, nanging Putraning Manungsa oraduwe panggonan kanggo nyelehake sirahe.”21Wong liyane, yaiku salah sijining siswane,

matur marang Panjenengane: “Gusti, kawulamugi Paduka parengaken kesah rumiyin badhengubur bapa kawula.” 22Nanging Gusti Yesusngandika: “Kowe melua Aku, dene wong maticikben padha ngubur wong mati.”

Gusti nyirep prahara

8:23-27Mk 4:35-41; Lk 8:22-25

23Gusti Yesus banjur minggah ing prau,para sakabate padha ndherek. 24Dumadakanana prahara ing sagara kono, praune ngantiketungkeban ing ombak, nanging GustiYesus sare. 25Para sakabate tumuli padhasowan ngwungu, unjuke: “Dhuh, Gusti,nyuwun tulung, kawula sami katiwasan.”

Page 34: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 8.26–32 3326Pangandikane Gusti: “Yagene kowe padhawedi, heh, wong kang cupet ing pangandel?”Gusti Yesus banjur jumeneng lan ndukaniangin sarta sagara, tumuli sirep. 27Wong-wongpadha gumun, pangucape: “Iki wong apa ta,dene dalasan angin lan sagara kok iya padhangestokake dhawuhe!”

Wong kasurupan ing Gadhara

8:28-34Mk 5:1-20; Lk 8:26-39

28Bareng wus mentas ing sabrang, yaikuing tlatahe wong Gadhara tumuli dipethukakewong loro kang padha kasurupan dhemit,tekane saka ing pakuburan sarta bangetmutawatiri, nganti ora ana wong siji-sijiasing wani liwat ing dalan kono. 29Lah tumulikarone padha nguwuh seru, unjuke: “Padukakagungan urusan punapa kaliyan kawula,dhuh, Putraning Allah? Punapa rawuh Padukabadhe misakit kawula saderengipun mangsa?”30Ora adoh saka kono ana babi sapanthagedhe, kang lagi golek pangan. 31Dhemite nulipadha darbe panyuwun marang Panjenengane,unjuke: “Manawi kawula sami Paduka dhawuhikesah, keparenga kawula manjing ing babisapantha punika.” 32Dhawuhe Gusti Yesus:“Padha lungaa.” Banjur padha metu lanmanjing ing babi-babi mau. Babi sapantha ikukabeh nuli padha mlayu gumrudug medhunsaka ing ereng-ereng jurang, ambyur ingsagara temahan padha mati klelep ana ing

Page 35: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 8.33–9.6 34

banyu. 33Kang padha ngengon babi maupadha mlayu sarta bareng wus tekan ingkutha, padha nyritakake lelakon iku maukabeh, uga bab wong-wong kang kapanjingandhemit mau. 34Lah ing kono wong sakuthapadha metu methukake Gusti Yesus lan barengwus padha ana ing ngarsane, padha nyuwunkanthi adreng, supaya Panjenengane karsaanilar tlatahe.

Wong lumpuh kawarasake

9:1-8Mk 2:1-12; Lk 5:17-26

91Gusti Yesus tumuli minggah ing praubanjur nyabrang lan rawuh ing kutha

palerebane. 2Banjur ana wong lumpuhnggluntung ing paturon diusung disowanakemenyang ing ngarsane. Bareng Gusti Yesusmirsa pangandele wong-wong iku, nulingandika marang kang lumpuh: “He, ngger,sing enak bae atimu, dosamu wus kaapura.”3Lah tumuli ana ahli Toret sawatara singpadha ngunandika: “Wong iku nyenyamahGusti Allah.” 4Nanging Gusti Yesus mirsa kangdadi panggraitane wong-wong mau, mulanebanjur ngandika: “Yagene kowe padha duwepanggraita kang ala ana ing atimu? 5Gampangendi kandha: Dosamu wus diapura, karokandha: Ngadega lan lumakua? 6Nangingsupaya kowe padha sumurup, yen PutraningManungsa duwe panguwasa ngapura dosa anaing bumi iki,” -- banjur ngandika marang kang

Page 36: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 9.7–13 35

lumpuh --: “Ngadega, paturonmu angkatenlan muliha!” 7Wonge iya banjur ngadeg lanmulih. 8Wong akeh bareng padha ndeleng babiku, padha wedi lan banjur padha ngluhurakeGusti Allah, kang wus paring panguwasanganti samono marang manungsa.

Gusti nimbali Mateus, juru-mupu-beya

9:9-13Mk 2:13-17; Lk 5:27-32

9Bareng Gusti Yesus nglajengake tindake,banjur mirsa wong kang jenenge Mateuslinggih ing pabeyan, iku nuli dipangandikani:“Melua Aku!” Mateus banjur ngadeg lanndherekake Panjenengane. 10Kacarita nalikaGusti Yesus lenggah dhahar ana ing omahe,ana juru-mupu-beya akeh lan wong-wongdosa kang padha teka ndherek dhahar kalawanGusti Yesus dalasan para sakabate. 11Barengpara wong Farisi weruh kang mangkonoiku, banjur kandha marang para sakabate:“Yagene gurumu kok mangan bebarengankaro juru-mupu-beya lan wong dosa?” 12GustiYesus mireng, nuli ngandika: “Wong warasiku ora butuh dhukun, sing butuh iku wongsing lara. 13Wis, padha sumingkira, padhapindengen isining pangandika, kang surasane:Kang Sunkarsakake iku dudu kurban, nangingkawelasan. Sabab tekaKu iki ora ngundangwong sampurna, nanging wong dosa.”

Page 37: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 9.14–18 36

Bab pasa

9:14-17Mk 2:18-22; Lk 5:33-39

14Kacarira para sakabate Nabi Yokananpadha sowan ing ngarsane Gusti Yesus, lanmunjuk: “Kawula kaliyan tiyang Farisi saminetepi siyam, nanging para sakabat Padukakok boten?” 15Paring wangsulane Gusti Yesus:“Apa para mitrane temanten lanang bisa susahsajroning temantene isih ana? Nanging bakalana wektune, temanten iku kapethal saka ingantarane, ing kono bakal padha pasa. 16Lanuga ora ana wong nambal sandhangan lawasnganggo suwekan anyar, awit tambalane ikubakal nyuwekake sandhangan mau, temahanmalah saya amba amohe. 17Mangkonoanggur kang anyar iku iya ora diwadhahi ingimpes kang lawas, amarga yen mangkonoimpese mesthi bedhah, anggure banjur wutahimpese rusak. Nanging anggur kang anyar ikudiwadhahi ing impes anyar, dadi loro-loronetetep kanggo ing gawe.”

Wong wadon lara nggrajag getihkawarasake lan bocahmati kauripake maneh

9:18-26Mk 5:21-43; Lk 8:40-56

18Sajrone Gusti Yesus ngandika mangkonoiku, nuli ana lelurahing papan pangibadah kang

Page 38: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 9.19–27 37

sowan lan matur: “Anak kawula estri sawegkemawon tilar donya ewasamanten Padukamugi karsaa rawuh saha numpangi asta, tamtubadhe gesang malih.” 19Gusti Yesus banjurjumeneng sarta tedhak bebarengan karo lurahmau kanthi para sakabate. 20Nalika iku anawong wadon kang lara nggrajag getih wusrolas tahun lawase, kang nyedhaki Gusti Yesussaka ing buri lan demek gombyoking jubahe.21Amarga duwe osik mangkene: “Anggeraku bisa ndemek jubahe, mesthi waras.”22Nanging Gusti Yesus banjur minger, mirsaniwong wadon iku mau sarta ngandika: “Dienakatimu, ngger, pangandelmu kang marasakekowe.” Wiwit ing nalika iku wong wadon maudadi waras.23Bareng Gusti Yesus rawuh ing omahe

lelurah mau, sarta mirsa penyuling lan wongakeh kang padha ribut, 24banjur ngandika:“Wis, padha sumingkira; bocahe ora mati,mung lagi turu.” Nanging wong-wong padhanggeguyu Panjenengane. 25Sawise wong akehiku padha sumingkir, Gusti Yesus nuli lumebetsarta ngasta tangane si bocah. Bocahe banjurtangi. 26Pawartane lelakon iku banjur sumebaring satanah kono kabeh.

Wong wuta lan wong bisukasurupan dhemit kawarasake

9:27-3427Nalika Gusti Yesus nglajengake tindake

saka ing kono, ana wong wuta loro padha nututi

Page 39: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 9.28–35 38

lan nguwuh-uwuh, unjuke: “Dhuh, tedhakipunSang Prabu Dawud, kawula mugi Padukawelasi.” 28Bareng Gusti Yesus wus lumebeting dalem, wong wuta mau padha ngadheping ngarsane, tumuli padha dipangandikanidening Gusti Yesus: “Apa kowe padha ngandelyen Aku bisa nindakake mangkono?” Aturwangsulane: “Inggih, Gusti kawula samipitados.” 29Banjur padha didumuki mripatesarta dipangandikani: “Padha katekana kayakang dadi pangandelmu.” 30Mripate banjurkaelekake. Banjur padha diwanti-wanti:“Poma, aja nganti bab iki kaweruhan ingwong.” 31Ewasemono saundure tumuli padhanyuwurake Panjenengane ana ing sawratanetanah kono kabeh.32Saundure wong-wong mau banjur

ana wong bisu kapanjingan dhemit kangdisowanake ing ngarsane. 33Bareng dhemitewus ditundhung, kang bisu mau bisacaturan. Wong-wong padha kaeraman kabeh,pangucape: “Kang kaya mangkono ikudurung tau kalakon ana ing tanah Israel.”34Nanging ujare para wong Farisi: “Anggonenundhungi dhemit iku kanthi panguwasanepanggedhening para dhemit.”

Pasemon panen lan wong derep

9:35-3835Gusti Yesus tumuli tindak njajah kutha lan

desa, paring piwulang ana ing papan-papanpangibadah sarta nggelarake Injil Kratoning

Page 40: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 9.36–10.6 39

Allah, apadene nyarasake sakabehing lelaralan memala. 36Mirsa wong akeh iku, trenyuhbanget panggalihe marga saka welas; awitwong-wong mau padha katon sayah lan orakopen kaya wedhus kang ora ana pangone.37Banjur ngandika marang para sakabate:“Panene gedhe, nanging kang derep mungsathithik. 38Mulane padha nyuwuna marangKang Kangungan panen, supaya karsaamaringi wong derep kanggo panenane iku.”

Para rasul rolas kautus

10:1-15Mk 3:13-19; Lk 6:12-16

101Gusti Yesus tumuli nimbali sakabaterolas sarta padha diparingi panguwasa

nundhungi dhemit lan marasake sarupaninglelara lan sarupaning memala. 2Dene jenengepara rasul rolas mau mangkene: Kang dhisikSimon kang karan Petrus, lan Andreassadulure, Yakobus anake Zebedheus, lanYokanan sadulure, 3Filipus lan Bartolomeus,Tomas lan Mateus juru-mupubeya, Yakobusanake Alfeus, lan Tadeus, 4Simon wong Zelotlan Yudas Iskariot, kang ngulungake GustiYesus.5Wong rolas mau padha diutus dening Gusti

Yesus sarta diparingi piweling mangkene:“Kowe aja padha nyimpang menyang ingdalane wong kapir lan aja lumebu ing kuthanewong Samaria, 6nanging luwih becik padhamaranana wedhus-wedhuse Banisrael kang

Page 41: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 10.7–15 40

padha katriwal. 7Padha mangkata lan padhamemulanga mangkene: Kratoning Swarga wuscedhak. 8Wong lara padha warasna, wong matitangekna, biraten najise wong lara budhugen;dhemit-dhemit padha tundhungana. Kowepadha nampani kanthi lelahanan, mulanewenehna kanthi lelahanan uga.9Aja padha nggawa emas utawa salaka

lan tembaga ana ing sabukmu. 10Aja padhanggawa sangu kanggo ana ing dalan; ajanggawa kotang rangkep utawa trumpah.Sabab wong nyambut gawe iku wus sapanteseyen tampa pituwas. 11Manawa kowe lumebuing kutha utawa ing desa, nitik-nitikawong kang pantes, banjur nginepa ana ingkono nganti salungamu. 12Manawa kowelumebu ing omahe wong, ulukana salam.13Manawa pantes anggone nampani, salammutumanduka ing kono, nanging manawa ora,salammu balia marang kowe maneh. 14Deneyen ana wong sing ora nampani kowe lan orangrungokake tembungmu, endang lungaa lanmetua saka ing omah utawa ing kutha kono,sarta ketabna lebune sikilmu. 15SatemenepituturKu marang kowe: Besuk ing dinapangadilan kang sinangga dening Sodom lanGomora bakal luwih entheng katimbang karokutha mau.”

Page 42: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 10.16–23 41

Tutuge piwelinge Gusti Yesus marangpara utusane. Bab ngantepi pangabekti

10:16-33Mk 13:9-13; Lk 21:12-19, 12:2-9

16 “Lah kowe padha daklakokake kayadenewedhus gembel menyang ing satengahing asuajag, mulane sing ngati-ati kaya ula lan singbares kaya manuk dara.17Nanging sing waspada marang wong

kabeh; sabab ana kang bakal ngladekake kowemarang pradata agama, kang banjur nyapukowe ana ing papan-papan pangibadahe.18Lan marga saka Aku kowe bakal padha diiridmenyang ngarsane para kang padha ngastapanguwasa lan para ratu, minangka paseksitumrap wong-wong mau lan tumrap parawong kapir. 19Anadene manawa kowe padhakalakon diladekake, aja padha sumelang ingbab kapriye lan apa kang bakal kok aturake,amarga iku kabeh sanalika iku uga bakalkaparingake marang kowe. 20Awit dudu kowekang caturan, nanging Rohe Ramamu kangngandika lumantar kowe.21Sadulur bakal masrahake padha sadulur

marang paukuman pati, samono uga bapamasrahake anake, lan anak-anak bakal padhangwaneni wong-tuwane lan banjur dipateni.22Lan kowe bakal disengiti ing wong kabehmarga saka Aku; nanging sing sapa manteptumeka ing wekasan, bakal slamet. 23Manawakowe dikaniaya ana ing sawijining kutha,

Page 43: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 10.24–32 42

padha ngungsia menyang kutha liyane;awit satemene Aku pitutur marang kowe:Sadurunge kowe ndlajahi kutha-kutha Israelkemput, Putraning Manungsa wus rawuh.24Mungguh sakabat iku ora ngungkuli gurune,utawa abdi iya ora ngungkuli bandarane.25Tumraping sakabat wus cukup, yen ngantinemu lelakon padha kaya gurune, lan tumrapabdi, yen nemu lelakon padha kaya bandarane.Manawa kang duwe omah disebut Beelzebul,apa maneh brayate saomah.26Mulane wong iku aja padha kokwedeni,

awit ora barang kang kasasaban, kang orabakal kawiyak, lan ora ana barang kangkadhelikake, kang bakal ora kaweruhan.27Apa kang Dakpituturake ana ing petengan,iku kandhakna ana ing padhangan; lan apakang kokrungokake kanthi bisik-bisik, ikupadha wartakna saka ing payon-payon. 28Ajawedi marang wong-wong kang bisa mateniraga, nanging ora bisa mateni nyawa, aluwungwedia marang Panjenengane, kang bisangrusak karo-karone ana ing naraka, iyajiwamu iya ragamu.29Manuk glathik loro apa ora mung payu

saasarion? Ewadene siji bae ora ana kang tibaing lemah, yen ora saka karsane Ramamu.30Mangka kowe iku, malah dalasan rambutmuwus padha dietung kabeh. 31Mulane ajapadha wedi, amarga ajimu iku ngluwihi manuknglathik pirang-pirang.32Saben wong kang ngakoni Aku ana

ing ngarepaning manungsa, iku iya bakal

Page 44: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 10.33–41 43

Dakakoni ana ing ngarsane RamaKu kang anaing swarga. 33Nanging sing sapa nyelaki Akuana ing ngarepaning manungsa, iku iya bakalDakselaki ana ing ngarsane RamaKu kang anaing swarga.”

Bab ngorakake awake dhewe,marga ngabekti marang Gusti

10:34-4234 “Kowe aja padha ngira, yen tekaKu nggawa

pirukun ana ing bumi. TekaKu iku ora nggawapirukun nanging pedhang. 35Sabab tekaKu ikunjalari wong crah karo bapakne, anak wadonkaro embokne; mantu wadon karo emboknemaratuwa, 36 lan wong bakal dimungsuhdening wong-wong kang nunggal saomahkabeh.37Sing sapa nresnani bapa utawa biyunge

nganti ngungkuli Aku, iku ora pantestumraping Aku, lan sing sapa nresnani anakelanang utawa wadon ngungkuli Aku, ikuora pantes tumraping Aku. 38Sing sapa oramanggul salibe lan ngetut-buri marang Aku,iku ora pantes tumraping Aku. 39Sing sapangeman nyawane, bakal kelangan nyawane,lan sing sapa kelangan nyawane marga sakaAku, iku bakal nampani nyawane.40Sing sapa nampani kowe, iku dadi Aku

sing ditampani. Lan sing sapa nampani Aku,iku dadi nampani kang ngutus Aku. 41Singsapa nampani nabi marga saka anggone dadinabi, bakal tampa pituwasing nabi, lan sing

Page 45: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 10.42–11.5 44

sapa nampani wong mursid, marga sakaanggone mursid, bakal tampa pituwasingwong mursid. 42Apadene sing sapa awehbanyu kang seger marang salah sawijiningwong cilik iki sanadyana mung sacangkir,marga iku sakabatKu, Aku pitutur marangkowe satemene: wong iku mesthi bakal tampapituwase.”

Utusane Nabi Yokanan

11:1-6Lk 7:18-35

111Sawise Gusti Yesus mungkasipiwelinge marang sakabat-sakabate

rolas, banjur tedhak saka ing kono, bakalmemulang lan nggelarake Injil ana ingkutha-kuthane.2Kacarita ana ing pakunjaran Nabi Yokanan

midhanget pawarta bab pakaryane GustiYesus, 3banjur ngutus sakabate ndikakakemunjuk marang Panjenengane mangkene:“Punapa Paduka punika ingkang pinasthirawuh, punapa kawula sami kedah ngentosisanesipun?” 4Gusti Yesus paring wangsulan,pangandikane: “Wis, padha mundhura,wartakna marang Yokanan apa kang kokrungulan kokdeleng: 5wong picak padha ndeleng,wong lumpuh padha lumaku, wong larabudhugen padha kabirat najise, wong budhegpadha krungu, wong mati padha katangekakelan wong mlarat padha kawartanan kabar

Page 46: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 11.6–12 45

kabungahan. 6Rahayu wong kang ora ngantikacuwan bab Aku.”

Paseksine Gusti Yesustumrap Nabi Yokanan

11:7-197Saundure para utusan mau, Gusti Yesus

banjur medhar pangandika marang wong akehiku bab Nabi Yokanan mangkene: “Nalikakowe padha menyang ara-ara-samun kaearep ndeleng apa? Arep ndeleng glagahsing mobat-mabit kena angin? 8Utawa arepapa kowe mrana? Arep ndeleng wong kangnganggo sandhangan kang sarwa alus? Wongkang manganggo sarwa alus iku kang ana ingkraton. 9Dadi arep apa kowe mrana? Arepndeleng nabi? Iya, bener, lan Aku pituturmarang kowe, malah kang ngungkuli nabi.10Awit iya iku kang kapratelakake ing Kitabmangkene:Lah, ingsun ngutus malaekatingSun lumaku

ndhisiki Sira,arep nyawisake dalanira ana ing ngarepira.11Satemene Aku pitutur marang kowe:

Ing antarane wong-wong kang lair sakawong wadon, ora ana kang madeg ngungkuliYokanan Pambaptis, ewasamono wong kangcilik dhewe ana ing Kratoning Swarga,iku ngluwihi Yokanan Pambaptis. 12Sababwiwit nalika Yokana Pambaptis tumapak inggawe nganti saprene, Kratoning Swarga ikukaruda-peksa lan wong kang ngruda-peksa

Page 47: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 11.13–20 46

iku mbudidaya arep nguwasani. 13Sababsakabehing nabi lan kitab Toret iku padhamemeca nganti tumekaning Nabi Yokanan.14Sarta, manawa kowe padha gelem nganggepmangkono, iya dheweke iku Elia kang bakalteka. 15Sing sapa duwe kuping, ngrungokna.16Dakupamakake apa golongan iki? Upamane

kaya bocah-bocah kang lelungguhan ana ingpasar, celuk-celuk kancane mangkene:17Aku wis ngunekake suling, kowe kok ora

padha njoged.Aku wis padha ngidungake kidung

pangadhuh,nanging kowe ora padha tangisan.

18Sarehning Yokanan tekane ora mangan orangombe, banjur diarani wong kepanjingansetan. 19Tekane Putraning Manungsa nganggomangan lan ngombe, kok unine wong:Delengen kuwi, wong grangsangan lan senengngombe anggur, kancane para juru-mupu-beyalan wong dosa. Nanging kawicaksananingPangeran iku anggone kabenerake marga sakapandamele.”

Wong-wong ing kutha Khorazin,Betsaida lan Kapernaum padha

kawelehake dening Gusti

11:20-24Lk 10:13-15

20Sawise mangkono Gusti Yesus banjurwiwit nenetah marang kutha-kutha kang oramratobat, sanadyan Gusti anggone nindakake

Page 48: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 11.21–26 47

mukjijat kang akeh dhewe ana ing kono:21 “Bilai kowe Khorazin, bilai kowe Betsaida,sabab manawa ing Tirus lan ing Sidon iyakalakon ana mukjijat-mukjijat kaya kang wuskalakon ana ing tengah-tengahmu, mesthi wisbiyen-biyen anggone mratobat lan manganggobagor sarta awu. 22Nanging Aku pituturmarang kowe: Besuk ing dina pangadilankang kasangga dening Tirus lan Sidon bakalluwih entheng tinimbang kowe. 23Apadenekowe Kapernaum, apa kowe bakal kaluhurakenganti sundhul ing langit? Ora, kowe bakalkacemplungake ing teleng palimenganingpati. Sabab manawa ing Sodom kalakonana mukjijat-mukjijat sing tumindhak anaing tengah-tengahmu, kutha iku mesthilestari tekan saprene. 24Nanging Aku pituturmarang kowe: Besuk ing dina pangadilan kangkasangga dening tanah Sodom bakal luwihentheng katimbang karo kowe.”

Gusti ngunjukake panuwun marangIngkang Rama. Bab ayeming ati

11:25-30Lk 10:21-22

25 Ing wektu iku Gusti Yesus munjuk: “Dhuh,Rama, Pangeraning swarga lan bumi, kawulangaturaken genging panuwun, dene babpunika sadaya Paduka damel wados tumraptiyang wicaksana saha tiyang wasis, nangingPaduka lairaken dhateng lare-lare. 26 Inggih,Rama, pancen makaten karsa Paduka.

Page 49: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 11.27–12.4 4827Samubarang kabeh wus kapasrahakemarang Aku dening Ramaku, lan ora anawong kang sumurup marang Sang Putra, aliyaSang Rama, lan ora ana wong kang sumurupmarang Sang Rama, aliya Sang Putra lan wongkang wus jinatenan saka karsane Sang Putra.28He, para wong kang kesayahan lan

kamomotan, padha mrenea, Aku bakal gaweayemmu. 29PasanganKU padha tampananaing pundhakmu lan padha nggegurua marangAku, awit Aku iki alus lembah ing budi,temahan kowe bakal padha oleh ayemingnyawamu. 30Amarga pasanganKu iku kapenaklan momotanKu iku entheng.”

Gusti Yesus iya Gustine dina Sabat

12:1-8Mk 2:23-28; Lk 6:1-5

121 Ing nalika samana, mbeneri dinaSabat, Gusti Yesus tindak nglangkungi

paganduman. Sakabate padha luwe, mulanebanjur padha nyethuti wewulen sartadipangan. 2Wong Farisi bareng weruh, padhamunjuk marang Gusti Yesus: “Lah sakabatPanjenengan, sami nindakaken ingkang botendipun parengaken ing dinten Sabat.” 3NangingGusti Yesus ngadika marang wong-wongmau: “Apa kowe ora maca bab tumindakeSenapati Dawud dalah para pandherekenalika padha kaluwen? 4Bab anggone banjurpadha lumebu ing Padalemaning Allah lananggone padha mangan roti cecaosan, kang

Page 50: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 12.5–13 49

pancene ora kena kapangan dening Dawudutawa dening pandhereke, kajaba deningpara imam? 5Mangkono uga apa kowe oramaca ing Toret, yen ing dina Sabat paraimam padha nerak pranataning Sabat anaing Padaleman Suci, ora padha kaluputan?6Aku pitutur marang kowe: Ing kene anakang ngluwihi Padaleman Suci. 7Manawa kowepancen mangreti isining pangandika: KangSunkarsakake iku kawelasan, dudu kurban,mesthi kowe ora ngukum wong kang orakaluputan. 8Amarga Putraning Manungsa ikuiya Gustine dina Sabat.”

Wong ceko kawarasake

12:9-21Mk 3:1-6; Lk 6:6-11

9Sawise tindak saka ing kono, Gusti Yesusbanjur lumebet ing papan pangibadahewong-wong mau. 10 Ing kono ana wong kangceko tangane sasisih. Wong-wong banjurpadha matur marang Panjenengane: “Ingdinten Sabat punapa dipun parengakennyarasaken tiyang?” Karepe supaya bisangluputake Panjenengane. 11Nangingpadha dipangandikani mangkene: “Manawapanunggalanmu duwe wedhus siji, mangkawedhuse iku kacemplung ing luwanganpinuju dina Sabat, apa ora banjur dicekel landientasake? 12Apa ajine manungsa iku orangungkuli wedhus banget? Mulane kalilan baenindakake kabecikan ing dina Sabat.” 13Banjur

Page 51: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 12.14–21 50

dhawuh marang kang ceko mau: “Tanganmuathungna.” Tumuli diathungake temah dadiwaras pulih kaya tangan sijine. 14Wong-wongFarisi banjur padha metu sarta ngrantam babanggone bakal nyedani Gusti Yesus. 15Nangingsarehne Gusti Yesus ora kekilapan bab iku,banjur tedhak saka ing kono. Akeh wong kangpadha ndherekake, dene kang lara padhadiwarasake kabeh. 16Nanging padha oradiparengake nyuwurake Asmane, 17 supayakalakona pangandika kang dilantarake deningNabi Yesaya:18 “Lah iku AbdiningSun, pilihaningSun,

kekasihingSun, kang ndadekakekeparenging galihingSun,

bakal Sunparingi RohingSun,sarta bakal ngundhangake pangadilan

marang sakabehing bangsa.19Panjenengane ora bakal nganakake

padudon lan ora bakal alok-alok.Swarane bakal ora keprungu ing wong ana

ing lurung-lurung.20Glagah kang pepes ora bakal dikethok lan

uceng-uceng kang urube melik-melikora dipateni

nganti Panjenengane wis ndadekakemenange kabeneran.

21Apadene iya Panjenengane iku kang dadipangarep-areping bangsa-bangsa.”

Page 52: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 12.22–29 51

Gusti Yesus lan Beelzebul

12:22-37Mk 3:20-30; Lk 11:14-23, 6:43-45

22Sawise iku banjur ana wong kangkasurupan, tur picak lan bisu, disowanakemenyang ngarsane, nuli diwarasake deningGusti Yesus, satemah kang picak lan bisumau banjur bisa guneman lan ndeleng.23Wong-wong kabeh padha kaeraman sartapadha calathu: “Panjenengane iku kira-kiratedhake Sang Prabu Dawud.” 24Nangingbareng para wong Farisi padha krungu banjurngucap mangkene: “Anggone nundhungidhemit iku marga nganggo jenenge Beelzebul,panggedhening setan.” 25Sarehne Gusti Yesusmirsa pikirane wong-wong mau, banjur padhadipangandikani: “Saben krajan, kang rakyatepadha dredah, iku mesthi rusak. Lan sabenkutha utawa omah kang wonge padha dredahiku ora bisa lestari. 26Manawa Iblis nundhungIblis, iku dadi dredah karo awake dhewe;manawa mangkono krajane bisane lestarikapriye? 27Dadine yen Aku nundhungi dhemitnganggo jenenge Beelzebul, lah nganggojenenge sapa yen anak-anakmu nundhung?Mulane anak-anakmu iku kang bakal padhangadili kowe. 28Nanging manawa anggonKunundhungi dhemit iku kanthi panguwasaneRohing Allah, satemene Kratoning Allah wusnekani kowe. 29Utawa kapriye bisane wonglumebu ing omahe wong kang rosa lan njarah

Page 53: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 12.30–37 52

rayah barang darbeke, yen wong sing rosaiku ora dibanda dhisik? Manawa uwis, lagibisa ngrampog omah mau. 30Sing sapa orangrujuki marang Aku, iku nglawan marangAku, lan sing sapa ora nglawan marang Aku,lan sing sapa ora melu ngumpulake karo Aku,iku mbuyarake. 31Mulane Aku pitutur marangkowe: Sakabehing dosa lan panyenyamahingwong bakal kaapura, nanging panyenyamahmarang Roh Suci iku bakal ora diapura. 32Yenana wong madoni Putraning Manungsa, ikubakal kaapura, nanging manawa madoni SangRoh Suci, iku bakal ora kaapura, dadia jamansaiki, dadia ing jaman besuk.33Manawa uwite becik. wohe iya becik;

manawa uwite ora becik, wohe iya ora becik.Amarga ketitiking wit iku marga saka wohe.34Heh, tetesaning ula bedhudhak, kapriyeanggonmu bisa ngucapake barang-barangkang becik, lah wong kowe dhewe ala?Sabab apa kang kaucapake ing cangkemiku saka bludaging ati. 35Wong becik ikumetokake barang-barang kang becik sakasimpenane kang becik lan wong ala metokakebarang-barang kang ala saka simpenanekang ala. 36Nanging Aku pitutur marangkowe: Saben tembung kang tanpa guna,kang diucapake dening wong, iku besuk ingdina pangadilan mesthi kudu kapratelakaketanggung jawabe. 37Awit anggonmu bakalkabenerake iku adhedhasar tembungmu lananggonmu bakal kapatrapan paukuman ikuiya adhedhasar tembungmu.”

Page 54: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 12.38–42 53

Wong kang padha nyuwun pratandha

12:38-42Lk 11:29-32

38Nalika samana ana ahli Toret lan wongFarisi sawatara, kang padha matur:“Guru,kula sami kapengin sumerep pratandha sakingPanjenengane.” 39Nanging paring wangsulane:“Jinis kang ala lan ora setya iki njalukpratandha, nanging bakal ora kaparingan,kajaba mung pratandhane Nabi Yunus. 40Awitpadha kaya Yunus anggone ana ing wetengeiwak telung dina telung bengi, mangkono ugaPutraning Manungsa bakal ana ing jeronetelenging bumi telung dina telung bengi.41Besuk ana ing pangadilan wong-wong Niniwebakal tangi bareng karo jinis iki lan bakalngadili jinis iki. Sabab wong-wong Niniwe ikusawise ngrungokake piwulange Yunus, banjurpadha mratobat, lan mangka satemene kangana ing kene iki ngungkuli Yunus. 42Besuk ingwektu pangadilan, Sang Raja Putri saka ingtanah kidul bakal kawungokake bareng karojinis iki lan bakal ngadili jinis iki, awit rawuhesaka pungakasaning bumi, banjur mirengakebab kawicaksanane Sang Prabu Suleman, lahmangka ing kene ana kang ngungkuli SangPrabu Suleman.”

Page 55: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 12.43–48 54

Dhemit kang wus katundhung

12:43-45Lk 11:24-26

43 “Mungguh dhemit iku manawa wus metusaka ing wong, banjur nglembara golekpalereman menyang papan-papan kanggaring suwung. Nanging ora oleh. 44Tumulingucap mangkene: Aku dakbali menyangomah sing daktinggal kae. Banjur bali, omahetinemu suwung, wis resik kasaponan lankatata becik. 45Dhemit mau banjur lungangajak dhemit pepitu liyane kang luwih alakatimbang dheweke, tumuli padha lumebusarta manggon ana ing kono. Wekasan wongmau alane ngluwihi sing uwis. Mangkono ugabakal kadadeane jinis kang ala iki.”

Kulawargane Gusti Yesus

12:46-50Mk 3:31-35; Lk 8:19-21

46Nalika Gusti Yesus lagi ngandika marangwong akeh iku, ingkang ibu lan sadherek-sadhereke padha ana ing jaba, ngarah ketemukaro Panjenengane. 47Banjur ana kang munjukmarang Gusti Yesus: “Lah punika ingkangibu tuwin sadherek-sadherek Panjenengansami wonten jawi saha ngangkah sagedipunkapanggih kaliyan Panjenengan.” 48Nangingkang munjuk diparingi wangsulan mangkene:“IbuKu sapa, lan sadulur-sadulurKu sapa?”

Page 56: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 12.49–13.8 5549Banjur mulungake astane marang parasakabate sarta ngandika: “Iki ibuKu lansadulur-sadulurKu!” 50Sabab sing sapanglakoni karsane RamaKu kang ana ingswarga, yaiku sadulurKu lanang utawa wadonlan ibuKu.”

Pasemon bab wong nyebar wiji

13:1-23Mk 4:1-20; Lk 8:4-15

131 Ing dina iku Gusti Yesus miyos sakaing omah mau lan banjur lenggah ing

pinggir sagara. 2Tumuli ana wong akeh padhagumrudug sowan lan ngrubung Panjenengane,mulane Gusti banjur minggah ing prau lanlenggah ing kono, dene wong akeh maupadha ngadeg ana ing gegisik. 3Banjur padhadipangandikani prakara pirang-pirang kanthipasemon, dhawuhe: “Ana juru nyebar wijimetu arep nyebar wiji. 4Sajrone nyebar ikuana kang tumiba ing pinggir dalan, banjur anamanuk kang padha teka, nucuki. 5Ana kangtumiba ing padhasan, kang ora akeh lemahe.Wiji mau enggal thukul, amarga lemahe tipis.6Nanging bareng srengenge wis saya dhuwur,banjur alum, wekasan dadi garing, sabab oraana oyode. 7Ana maneh kang tumiba ing eren.Bareng eri-erine saya gedhe, wijine kalindhihtemahan mati. 8Lan ana maneh kang tumibaing lemah becik; iku banjur metu wohe, anakang tikel satus, ana kang tikel sawidak lan

Page 57: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 13.9–16 56

ana kang tikel telung puluh. 9Sapa kang duwekuping ngrungokna.”10Para sakabate tumuli padha ngadhep lan

matur: “Punapa sababipun, dene anggenPaduka ngandika dhateng tiyang-tiyang punikakok mawi pasemon?” 11Paring wangsulaneGusti Yesus: “Kowe padha kaparingankamurahan diparengake nyumurupi wadi-wadining Kraton Swarga, nanging wong-wongiku padha ora kaparingan. 12Amarga sapakang duwe, iku bakal kaparingan, malahnganti luber, nanging sing sapa ora duwe, apabae kang kaduwe, bakal dipundhut. 13 Iya ikusababe anggonKu calathu marang wong-wongiku kanthi pasemon, awit sanadyan mripatepadha ndeleng, nanging ora weruh, lansanadyan padha krungu, nanging padha orangreti. 14Mulane wong-wong iku kang padhadadi kanyataane pamecane Nabi Yesaya,surasane:Sira bakal krungu lan krungu, nanging ora

mangreti,sira bakal ndeleng lan ndeleng, nanging ora

sumurup.15Amarga atine bangsa iki dableg lan

kupinge jampengsarta mripate dieremake,supaya aja padha ndeleng kalawan mripatelan krungu kalawan kupingesarta atune bisa mangretibanjur mratobat, temahan Sunwarasake.

16Nanging rahayu mripatmu, jalaran bisandeleng lan kupingmu, amarga bisa krungu.

Page 58: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 13.17–23 5717Awit Aku pitutur satemene marang kowe:Akeh para nabi lan wong mursid kang padhakapengin ndeleng apa kang padha kokdeleng,nanging ora kalakon ndeleng, lan padhakapengin krungu apa kang kokrungu, nangingora kalakon krungu.18Mulane rungokna maknane pasemon bab

juru nyebar iku. 19Manawa ana wong kangkrungu pangandika bab Kratoning Swarga,mangka ora mangreti, banjur si pangawakdursila teka ngrebut apa kang kasebar ingatine; yaiku wiji kang kasebar ing pinggirdalan. 20Dene wiji kang kasebar ing padhasan,yaiku wong kang ngrungokake pangandikasarta enggal-enggal nampani pangandikamau kanthi bungah, 21nanging ora ana oyodeing batine, dadi ora antepan. Bareng tuwuhpanyiya nyiya utawa panganiaya margasaka pangandika iku, wong mau banjurenggal murtad. 22Sabanjure kang kasebaring eren, yaiku wong kang ngrungokakepangandika, banjur sumelanging donya landaya pamblithuking kasugihan padha ngendhihpangandika mau, temahan ora metu wohe.23Nanging kang kasebar ing lemah becik iyaiku wong kang ngrungokake pangandika lanmangreti, mulane iya banjur metu wohe, anasing tikel satus, ana sing tikel sawidak, anasing tikel telung puluh.”

Page 59: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 13.24–30 58

Pasemon bab alang-alanging satengahe gandum

13:24-3024Ana maneh pasemon, kang digelarake

marang wong-wong mau, pangandikane:“Kratoning Swarga iku umpamane kayawong kang nyebar wiji becik ing pategalane.25Nanging nalika wong-wong padhaturu kabeh, satrune teka nyebar wijialang-alang ing tengahe gandum banjurlunga. 26Bareng gandume thukul lan wiwitmetu wewulene, alang-alange iya kathon.27Batur-bature sing duwe pategalan padhamarani lurahe lan matur: Bandara, punapasanes wiji sae ingkang panjenengan sebaring pategilan panjenengan? Saking pundikambengan punika? 28Wangsulane lurahe:Iku panggawene satru. Batur-bature maturmaneh: Punapa panjenengan ngersakaken,supados kula sami mbedholi kambenganpunika? 29Nanging wangsulane: Aja, sababanggonmu padha mbedholi alang-alang iku,bisa uga ngatutake gandume. 30Cikben padhathukul bebarengan nganti mangsane panen.Ing wektu iku aku bakal tutur marang singpadha derep: Klumpukna dhisik alang-alangelan bentelana, banjur obongen, sawise ikugandume klumpukna ing lumbungku.”

Page 60: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 13.31–35 59

Pasemon bab wiji sawi lan ragi

13:31-35Mk 4:30-34; Lk 13:18-21

31Ana maneh pasemon kang digelarakemarang wong-wong mau, pangandikane:“Kratoning Swarga iku upamane kaya wiji sawikang kajupuk lan kasebar dening wong ana ingpategalane. 32Padha-padha wiji, wiji sawi ikupancen cilik dhewe, nanging yen wis thukul,gedhene ngluwihi janganan liya-liyane, malahbanjur dadi wit-witan, nganti manuk-manuking awang-awang padha saba mrono lan nusuking pang-pange.”33Pasemon iki uga didhawuhake marang

wong-wong mau: “Kratoning Swarga ikuupamane kaya ragi kang kajupuk ing wongwadon, kacarubake ing glepung trigu telungtaker nganti kemrasukan kabeh.”34Sakehe prakara iku mau kabeh

didhawuhake dening Gusti Yesus marangwong akeh kanthi pasemon lan ora anakang dipangandikakake kang ora dhapurpasemon, 35 supaya keyektenana kangkapangandikakake dening nabi mangkene:“Ingsun bakal ngangapake tutukingSunlan mangandikakake pasemon.Ingsun bakal ngucapake prakara kang

kinekerwiwit dumadining jagad.”

Page 61: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 13.36–43 60

Katrangan bab pasemon alang-alanging satengahe gandum

13:36-4336Gusti Yesus banjur nilar wong akeh mau

sarta banjur kondur. Para sakabate tumulipadha ngadhep lan matur: “Kawula mugisami kaparingana katrangan bab pasemonkambengan ing satengahing gandum punika.”37Gusti Yesus banjur maringi wangsulan,pangandikane: “Wong kang nyebar wiji becikiku Putraning Manungsa. 38Pategalan ikujagad. Wiji kang becik iku para putraningKraton lang alang-alange iku para anakesi pangawak dursila. 39Satru kang nyebarwiji alang-alang iku Iblis. Wektu paneniku wekasaning jaman lan kang padhaderep iku malaekat. 40Kang iku kayadenealang-alang banjur kaklumpukake lan kaobonging geni, mangkono uga ing wekasaningjaman, 41Putraning Manungsa bakal ngutuspara malaekate kadhawuhan nglumpukakesamubarang kabeh kang dadi sandhunganlan sakabehing wong kang nglakoni durakaana ing Kratone, 42padha kacemplungake ingpawon murub; ing kono kang bakal tinemupanangis lan keroting untu. 43 Ing nalika ikupara wong sampurna bakal padha mancorongkaya srengenge ana ing Kratone Ramane.Wong kang duwe kuping, ngrungokna.”

Page 62: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 13.44–50 61

Pasemon bab raja-branakapendhem lan mutyara adi

13:44-4644 “Kratoning Swarga iku umpamane kaya

raja-brana kang kapendhem ing pategalan,kang katemu dening wong banjur dipendhemmaneh. Marga saka bungahe, dhewekebanjur lunga ngedoli barang darbeke kabeh,petegalan mau tumuli dituku.45Mangkono maneh Kratoning Swarga iku

umpanane kayadene wong dagang kang golekmutyara kang adi. 46Bareng wis oleh mutyarakang banget ajine, banjur lunga ngedolibarang darbeke kabeh, mutyara mau nulidituku.”

Pasemon bab krakad

13:47-5247 “Karodene maneh Kratoning Swarga

iku upamane kaya krakad kang ditibakakeing sagara, banjur ngumpulake iwakwarna-warna. 48Bareng wis kebak banjurdigered mentas menyang ing gegisik, wongetumuli padha linggih milihi iwak-iwak kangbecik sarta diwadhahi, dene iwak kangora becik dibuwang. 49 Iya kaya mangkonokaanane besuk ing wekasaning jaman.Malaekat-malaekat bakal padha teka misahakepara wong kang ala saka tengahe para wongmursid, 50padha kacemplungake ing pawon

Page 63: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 13.51–58 62

murub; ing kono kang tinemu panangis lankeroting untu.51Kowe apa padha mangreti iku mau kabeh?”

Atur wangsulane para sakabat: “Inggih, Gusti.”52Gusti Yesus banjur ngandika: “Mulanesaben ahli Toret kang nampani piwulangbab Kratoning Swarga iku upamane kayawong kang duwe omah, kang metokakebarang anyar lan barang lawas saka ingpasimpenane.”

Gusti Yesus katampik ana ing Nasaret

13:53-58Mk 6:1-6; Lk 4:16-30

53Sawise rampung anggone paring pasemon-pasemon mau, Gusti Yesus banjur tindaksaka ing kono. 54Sarawuhe ing kutha asale,wong-wong ing kono padha diparingi piwulangana ing papan pangibadahe. Wong-wong maupadha kaeraman, pangucape: “Wong ikuolehe kawicaksanan lan panguwasa nindakakemukjijat saka ing ngendi? 55Apa iku duduanake tukang kayu? Embokne jenenge rakMaryam, lan sadulure Yakobus, Yusuf, Simonlan Yudas? 56Lan sadulur-sadulure wadonrak padha ana ing kene kabeh? Dadi oleheiku kabeh saka ing ngendi?” 57Wong-wongmau temahan padha kesandhung ing babPanjenangane. Gusti Yesus banjur ngandikamarang wong-wong mau: “Kang jenenge nabiiku ana ing ngendi-endi kajen, kajaba ana ingpapan asale lan ing omahe dhewe.” 58Mulane

Page 64: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 14.1–8 63

Panjenengane ora nindakake mukjijat akehana ing kono, jalaran saka anggone padha orapracaya iku.

Sedane Nabi Yokanan

14:1-12Mk 6:14-29; Lk 9:7-9

141Nalika samana Sang Prabu Herodhes,raja-wilayah, mireng pawarta bab Gusti

Yesus, 2banjur ngandika marang para abdine:“Iku Yokanan Pambaptis; wis tangi saka ingantarane wong mati, mulane kadunungankasekten kaya mangkono.” 3Amarga SangPrabu Herodhes pancen biyen wis dhawuhnyepeng Nabi Yokanan, banjur dibesta landilebokake ing pakunjaran, gegayutan karolelakone Sang Putri Herodhias, garwane SangPangeran Filipus, sadhereke. 4 Jalaran NabiYokanan ngengetake Sang Prabu: “Botenkenging panjenengan dalem mundhut garwaSang Putri Herodhias!” 5Sang Prabu Herodheskagungan karsa nyedani Nabi Yokanan,nanging ajrih karo wong akeh, amarga ikupadha nganggep nabi marang panjenengane.6Ewadene bareng pinuju tingalan wiyosaneSang Nata Herodhes, putri putrane SangPutri Herodhias, beksa ana ing satengahingpahargyan, nengsemake panggalihe SangNata Herodhes, 7nganti Sang Prabu Herodhesnglairake sumpah bakal maringi apa bae,sing disuwun. 8Wasana, marga saka wisdiajani ingkang ibu, putri mau banjur munjuk:

Page 65: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 14.9–15 64

“Keparenga adalem nyuwun sirahipun YokananPambaptis wonten ing griki, kawadhahanaing talam.” 9Sang Nata dadine sungkawapanggalihe, nanging marga saka wis supaoslan marga saka anane para tamu, banjurdhawuh maringake, 10 sarta utusan nigasjanggane Nabi Yokanan ana ing pakunjaran11 lan mustakane digawa ana ing talamkapasrahake marang putri mau, kang banjurdicaosake marang ingkang ibu. 12Sawiseiku para sakabate Nabi Yokanan tumuli tekangukup layone, disarekake, banjur padhasowan ing ngarsane Gusti Yesus ngaturakebab mau.

Gusti Yesus maringi manganwong limang ewu

14:13-21Mk 6:30-44; Lk 9:10-17; Yo 6:1-13

13Bareng Gusti Yesus midhanget pawartaiku, banjur tindak sumingkir saka ing kono,nitih prau, arep miyambak menyang ingpanggonan kang samun. Nanging barengwong akeh krungu bab iki, tumuli padha nusul,lumaku ing dharatan saka ing kutha-kuthane.14Nalika Gusti Yesus minggah ing dharatan,mirsa wong pirang-pirang, kang akeh bangetcacahe, panggalihe trenyuh marga sakawelase marang wong-wong mau. Sing padhalara banjur diwarasake.15Sorene para sakabate padha sowan ing

ngarsane lan matur: “Panggenan punika

Page 66: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 14.16–23 65

samun tur sampun wiwit peteng. Tiyangkathah punika prayogi kadhawuhan kesahtumbas tedha dhateng ing dhusun-dhusun.”16Nanging Gusti Yesus ngandika: “Ora usahpadha lunga, kowe bae padha menehanamangan.” 17Unjuke para sakabat: “Punikanamung wonten roti gangsal kaliyan ulam lohkalih.” 18Dhawuhe Gusti Yesus: “Gawenenmrene, wenehna Aku.” 19Wong akeh maubanjur padha didhawuhi linggih ana ingpasuketan. Lan sawise nampani roti limakaro iwak loro mau, Gusti Yesus banjurtumenga marang ing langit ndedonga nyuwunberkah, tumuli rotine dicuwil-cuwil diparingakemarang para sakabat, lan para sakabatkang ngedum marang wong akeh mau.20Kabeh banjur padha mangan nganti wareg.Sawise mangkono cuwilan-cuwilan turahanediklumpukake dadi rolas wakul kebak, 21 singmelu mangan mau cacahe wong lanangkira-kira limang ewu, iku wong wadon lanbocah-bocah ora kapetung.

Gusti Yesus tindak napak ing sagara

14:22-36Mk 6:45-52; Yo 6:16-21

22Sawise iku Gusti Yesus banjur dhawuhmarang para sakabate, supaya padhanunggang prau, ndhisiki tindake menyanging sabrang, dene wong akeh padhakadhawuhan mulih. 23Bareng wong akehwis padha kadhawuhan mulih, Gusti Yesus

Page 67: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 14.24–35 66

banjur minggah ing gunung piyambakan,arep ndedonga. Bengi iku Panjenenganepiyambakan bae ana ing kono. 24Nalika ikulakune praune para sakabat wis sawetarastadi saka pinggir lan lagi montang-mantingkatempuh ing ombak, amarga angine nampek.25Bareng wis jam telu bengi Gusti Yesus tindaknusul para sakabate, tindake napak ing sagara.26Nalika para sakabat sumurup Panjenenganetindak ing sadhuwuring banyu iku, padhakaget lan alok: “Ana memedi!” banjur padhajerit-jerit, marga saka wedine. 27Nangingtumuli padha dipangandikani dening GustiYesus: “Padha dienak atimu! Iki Aku, ajawedi!” 28Petrus banjur munjuk kalawanmbengok: “Gusti, manawi saestu Paduka,kawula kadhawuhana murugi Paduka kaliyanlumampah ing nginggil toya.” 29DhawuheGusti Yesus: “Mrenea!” Petrus banjur mudhunsaka ing prau, lumaku napak ing banyu,marani Gusti Yesus. 30Nanging bareng kenaangin gedhe, banjur wedi, temahan wiwitambles, tumuli mbengok: “Gusti, nyuwuntulung!” 31Gusti Yesus enggal-enggal mulungastane, nyepeng Petrus sarta ngandika: “Heh,wong kang cupet ing pangandel, yagene kokmangu-mangu?” 32Banjur padha munggah ingprau, angine tumuli mendha. 33Wong saisineprau padha sujud ana ing ngarsane lan matur:“Paduka punika saestu Putraning Allah.”34Sawise nyabrang, padha mentas ana ing

tanah Genesaret. 35Bareng wong-wong ingpanggonan kono wis padha ora pangling

Page 68: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 14.36–15.6 67

marang Gusti Yesus, banjur padha aweh weruhmarang ing wewengkon kono kabeh. Wong-wong banjur padha ngirid sakehing wonglara, kasowanake ing ngarsane, 36kalawanmatur, keparenga amung ndemek gombyokingjubahe, dene sapira kang ndemek, padha dadiwaras.

Pepakoning Pangeran lan tatanan agama

15:1-20Mk 7:1-23

151Sawise iku banjur ana wong Farisi lanahli Toret sawatara saka ing Yerusalem

kang padha sowan marang ngarsane GustiYesus sarta matur: 2 “Punapa sababipun,dene sakabat Panjenengan kok sami nerakadat-tatacaranipun para leluhur kita? Manawibadhe nedha kok sami boten wisuh tanganrumiyin?” 3Nanging paring wangsulane GustiYesus marang wong-wong mau; “Yagene kowekok uga padha nerak angger-anggere GustiAllah marga saka anane adat-tata-caramudhewe? 4Sabab Gusti Allah ngandika: Sirangajenana bapa biyungira; lan maneh: Singsapa ngipat-ipati bapa utawa biyunge kudumati. 5Ewadene kandhamu: sing sapa kandhamarang bapa utawa biyunge: Punapa ingkangdados gadhahan kula, ingkang kaginakakenkangge ngopeni panjenengan, punika sampunkangge kurban katur ing Pangeran, 6wong ikubanjur wis ora kawajiban ngajeni bapakneutawa biyunge maneh. Dadine kowe wis

Page 69: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 15.7–17 68

ngorakake pepakoning Allah marga sakaadat-tata-caramu dhewe. 7Heh, wong lamis,ceples temen pamecane Nabi Yesaya tumrapkowe:8Bangsa iki anggone ngluhurake Ingsun

kanthi lambene,dene atine adoh karo Ingsun.9Tanpa guna anggone padha ngabekti

marang Ingsun,dene piwulang kang diajarake iku pepakoning

manungsa.”10Gusti Yesus banjur nimbali wong akeh,

kang dipangandikani mangkene: 11 “Padhangrungokna lan mangretia: Kang njemberiwong iku dudu kang mlebu ing cangkem,nanging kang metu saka ing cangkem, ikukang njemberi wong.”12 Ing nalika iku para sakabate padha sowan

ing ngarsane lan munjuk: “Punapa Padukamirsa, bilih pangandika Paduka wau dadossandhungan tumrap tiyang Farisi?” 13Paringwangsulane Gusti Yesus: “Sadhengahathethukulan kang dudu tanemane RamaKuing swarga iku bakal kabedhol saoyod-oyode.14Aja kokrewes wong iku, iku wong picaknuntun padha wong picak. Yen wong picaknuntun wong picak, loro-lorone mesthi padhakecemplung ing luwangan.”15Petrus tumuli munjuk marang

Panjenengane: “Kawula mugi kaparinganakatrangan bab pasemon punika wau.”16Dhawuh pangandikane Gusti Yesus: “Dadikowe iya padha durung mangreti? 17Apa kowe

Page 70: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 15.18–24 69

padha ora mangreti, yen samubarang kanglumebu ing cangkem, iku parane menyanging weteng banjur dibuwang menyang ingpakiwan? 18Nanging samubarang kang metusaka ing cangkem iku asale saka ing atisarta iya iku kang njemberi marang wong.19Amarga kang thukule saka ing ati ikukayata: pikiran kang ala, gawe pepati, lakujina, cabul, nyenyolong, sumpah palsu lanpitenah. 20Yaiku kang gawe jembering wong.Nanging mangan ora nganggo wisuh iku oranjemberi.”

Wong wadon bangsaKanaan kang pracaya

15:21-28Mk 7:24-30

21Gusti Yesus banjur jengkar saka ing konotindak menyang ing tlatahe kutha Tirus lanSidon. 22Tumuli ana wong Kanaan saka ingjajahan kono kang teka kanthi nguwuh-uwuh:“Dhuh, Gusti, tedhakipun Sang Prabu Dawud,kawula mugi Paduka paringi kawelasan,anak kawula estri kapanjingan dhemit,mesakaken sanget.” 23Nanging Gusti Yesusora kersa paring wangsulan babar pisan. Parasakabate padha ngadhep lan munjuk marangGusti Yesus: “Tiyang punika kadhawuhanakesah, dene kok ngetutaken kita kaliyanbengok-bengok.”24Gusti Yesus banjur mangsuli,

pangandikane:“Aku mung kautus marani

Page 71: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 15.25–31 70

wedhus-wedhus Banisrael kang padhailang bae.” 25Nanging wong wadon maubanjur marak lan sujud ing ngarsane GustiYesus sarta matur: “Dhuh, Gusti, nyuwuntulung!” 26Nanging Gusti Yesus mangsuli,pangandikane: “Ora bener, wong njupuk rotineanak-anak banjur diuncalake marang asu.”27Atur wangsulane wong wadon: “KasinggihanGusti, nanging segawon rak inggih saminedha cuwil-cuwilan ingkang dhawah sakingmejaning bendaranipun.” 28 Ing kono GustiYesus tumuli paring wangsulan pangandikane:“Heh, wong wadon, kok gedhe pangandelmu,mulane katekana apa kang dadi karepmu.”Lan sanalika iku uga anake wong wadon maubanjur waras.

Gusti Yesus maringi manganwong patang ewu

15:29-39Mk 8:1-10

29Gusti Yesus sawise jengkar saka ing tlatahkono, banjur tindak menyang ing pinggiringsagara Galilea lan minggah redi, tumulilenggah ing kono. 30Banjur ana wong akehkang padha gumrudug mrono nyowanakelumpuh, wong pincang, wong picak, wong bisulan liya-liyane akeh, padha kasowanake ingngarsane Gusti Yesus, kabeh banjur padhadiwarasake. 31Temahan wong akeh padhakaeraman ndeleng wong bisu padha caturan,wong pincang padha waras, wong lumpuh

Page 72: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 15.32–39 71

padha lumaku, wong picak bisa ndeleng, lankabeh banjur padha ngluhurake Allahe Israel.32Sawise iku Gusti Yesus tumuli nimbali para

sakabate, padha dipangandikani mangkene:“AtiKu trenyuh banget saka welasKu marangwong akeh iki. Wis telung dina anggonepadha ngetutake Aku, mangka wis ora anakang dipangan. Aku ora bisa akon mulihwong-wong iku, amarga lagi padha kaluwen,gek-gek padha ambruk ana ing dalan.” 33Parasakabate padha munjuk: “Kadospundi anggenkawula sami saged angsal roti wonten ingpapan ingkang samun makaten, ingkangngantos saged damel tuwuking tiyangingkang samanten kathahipun punika?”34Pangandikane Gusti Yesus: “Kowe padhaduwe roti pira?” “Pitu,” atur wangsulanepara sakabat, “sarta wonten ulam alit-alitsawatawis.” 35Gusti Yesus banjur dhawuhmarang wong akeh iku, supaya padha lungguhing lemah. 36Sawise mangkono Panjenenganebanjur mundhut roti pitu lan iwak-iwak maulan sawise caos sokur, banjur padha dicuwil-cuwil lan diparingake marang para sakabat,sarta para sakabat padha ngedum marangwong akeh. 37Tumuli kabeh padha mangannganti wareg. Sawise mangkono turahanediklumpukake, nganti dadi pitung kranjangkebak. 38Anadene kang padha melu manganiku kang lanang, kajaba wong wadon lanbocah-bocah, cacahe patang ewu. 39Sawiseiku Gusti Yesus nuli dhawuh marang wongakeh, supaya padha mulih. Panjenengane

Page 73: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 16.1–6 72

banjur nitih prau tindak menyang ing tlatahMagadan.

Wong Farisi lan wongSaduki nyuwun pratandha

16:1-4Mk 8:11-13

161Tumuli ana wong Farisi lan wongSaduki sing padha sowan arep

nyoba marang Gusti Yesus. Wong-wongiku padha nyuwun marang Panjenengane,supaya ngatingalake pratandha saka ingswarga. 2Nanging paring wangsulane GustiYesus: “Manawa sore langite katon abangsumulak, kowe kandha; Iki bakal terang,3 sarta esuk, manawa langite katon abangsurem, kandhamu: Iki dina ora becik. Kowebisa mbedakake rupaning langit, nangingtandha-tandhaning jaman ora ngreti. 4 Jiniskang ala lan ora setya iki njaluk pratandha,nanging bakal ora kaparingan kajaba mungpratandhane Nabi Yunus.” Gusti Yesus banjurtindak nilar wong-wong mau.

Bab ragine wong Farisi lan wong Saduki

16:5-12Mk 8:14-21

5Nalika para sakabat padha nyabrang ingsagara, lali ora nggawa roti. 6Banjur padhadipangandikani Gusti Yesus mangkene: “Padhasing awas, sing padha ngati-ati ing bab

Page 74: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 16.7–14 73

ragine wong Farisi lan wong Saduki!” 7Parasakabat padha mikir-mikir lan banjur padharasanan: “Anggone ngandika mangkono ikurak marga aku padha ora sangu roti.” 8BarengGusti Yesus mirsa apa sing padha dirembugiku, tumuli ngandika: “Yagene kowe padharerembugan bab ora ana roti, heh, wongkang cupet ing pangandel? 9Apa kowe durungpadha mangreti? Apa padha ora kelingan babroti lima kanggo wong limang ewu lan pirangkranjang sing kokklumpukake? 10Apa ugalali bab roti pitu kanggo wong patang ewulan pirang kranjang kang kokklumpukake?11Kapriye ta dene kowe kok padha oramangreti, yen kang Dakkarepake iku duduroti. Aku pitutur marang kowe: Sing waspadamarang ragine wong Farisi lan wong Saduki!”12 Ing kono para sakabat lagi padha mangreti,yen dhawuhe Gusti Yesus iku mau, ora supayawaspada marang ragi lan roti, nanging marangpiwulange para wong Farisi lan para wongSaduki.

Pangakune Petrus ing bab Gusti Yesus

16:13-20Mk 8:27-30; Lk 9:18-21

13Bareng Gusti Yesus rawuh ing laladanKaesarea Filipi, banjur ndangu marangpara sakabate: “Kandhane wong-wong,Putraning Manungsa iku sapa?” 14Aturwangsulane:“Wonten ingkang cariyos:Nabi Yokanan Pambaptis, wonten ugi

Page 75: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 16.15–21 74

ingkang mastani: Nabi Elia; wonten malihingkang mastani: Nabi Yeremia utawi salahsatunggaling nabi.” 15Gusti Yesus banjurndangu: “Nanging tumraping kowe, Aku ikisapa?” 16Atur wangsulane Simon Petrus:“Paduka punika Sang Kristus, PutraningAllah ingkang gesang!” 17PangandikaneGusti Yesus marang Petrus: “Rahayu kowe!Simon bin Yunus, amarga kang nglairake ikumarang kowe dudu daging lan getih, nangingRamaKu kang ana ing swarga. 18Lan Aku iyapitutur marang kowe: Kowe iku Petrus, sartawatu karang iki bakal dakanggo tetalesingpasamuwanKu, kang ora bakal dikuwasanidening pati. 19Kowe bakal dakpasrahi sorogingKraton Swarga. Apa kang koktaleni ana ingdonya bakal katalenan ana ing swarga lanapa kang kokuculi ana ing donya, bakalkauculan ana ing swarga.” 20Gusti Yesusbanjur ngawisi para sakabate, ora diparengakemartak-martakake marang wong siji-sijia, yenPanjenengane iku Sang Kristus.

Pawarta kang kapisan bab anggone GustiYesus bakal nandhang sangsara

16:21-23Mk 8:31--9:1; Lk 9:22-27

21Wiwit nalika iku Gusti Yesus wiwitparing pitedah marang para sakabate,yen Panjenengane kudu tindak menyangYerusalem, lan bakal nandhang kasangsaranpirang-pirang marga saka panggawene para

Page 76: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 16.22–28 75

pinituwa, para pangareping imam lan paraahli Toret sarta banjur disedani, lan ing telungdinane kawungokake. 22Nanging Petrus banjurnggered Panjenengane kalawan munjuk:“Gusti, mugi Gusti Allah nebihaken bab punika!Sampun pisan-pisan Paduka ngantos katamaningkang makaten punika.” 23Nanging GustiYesus banjur mengo sarta ngandika marangPetrus: “Heh, setan, sumingkira. Kowe ikudadi sandhunganKu, sabab kowe ora mikir apakang kagalih dening Allah, nanging mung singdipikir dening manungsa.”

Bab manggul salib

16:24-2824Gusti Yesus banjur ngandika marang

para sakabat: “Manawa ana wong kang arepngetut-buri Aku, iku kudu nyingkur awakedhewe sarta manggula salibe lan melua Aku.25Amarga sing sapa kumudu-kudu nylametakenyawane, iku bakal kelangan nyawane,nanging kang kelangan nyawane marga sakaAku, iku bakal nemu. 26Apa gunane olehdonya iki kabeh, yen kelangan nyawane?Lan apa kang bakal diaturake minangka ijolenyawane? 27Awit Putraning Manungsa bakalrawuh ngagem kamulyane Ingkang Rama,ginarebeg ing para malaekate; ing nalikaiku Panjenengane bakal ngganjar marangsawiji-wijining wong manut panggawene.28Satemene Aku pitutur marang kowe:Wong-wong kang padha ana ing kene iki

Page 77: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 17.1–7 76

ana kang ora bakal padha mati, sadurungesumurup Putraning Manungsa rawuh ingkratone.”

Gusti kamulyakake ana ing gunung

17:1-13Mk 9:2-13; Lk 9:28-36

171Sawise nem dina Petrus lan Yakobussarta Yokanan sadulure kadhawuhan

ndherek Gusti Yesus minggah ing gunungkang dhuwur, prelu miyambak. 2Gusti Yesusbanjur katon santun cahya ana ing ngarepepara sakabat mau, pasuryane mancorongkaya srengenge, sarta pangagemane putihsumorot kaya pepadhang. 3Tumuli padhadikatingali Nabi Musa lan Nabi Elia, kangpadha ngandikan karo Panjenengane. 4Petrusbanjur matur marang Gusti Yesus: “Gusti,iba saenipun, bilih kawula sadaya wontening ngriki. Manawi Paduka marengaken,kawula badhe damel pondhokan tetiga,satunggal kagem Paduka, satunggal kagemNabi Musa saha satunggalipun malih kagemNabi Elia.” 5Sajrone lagi matur, dumadakanana mega padhang kang ngayomi wongakeh, sarta banjur ana swara kaprungusaka ing sajroning mega, pangandikane:“Iki PutraningSun, KekasihingSun, Kangdamel renaning panggalihingSun, Iku sirarungokna.” 6Krungu kang mangkono iku parasakabat padha sumungkem ing bumi lanbanget wedine. 7Gusti Yesus banjur nyelak

Page 78: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 17.8–14 77

njawili para sakabate sarta ngandika: “Padhangadega, aja wedi.” 8Lan bareng padhandengengek, sing katon mung Gusti Yesuspiyambak, ora ana wong liyane maneh.9Nalika padha mudhun saka ing gunung,

Gusti Yesus paring piweling marang parasakabate mau, pangandikane: “Wahyu ikumau aja kokkandhak-kandhakake marangsapa bae, sadurunge Putraning Manungsakawungokake saka ing antarane wong mati.”10Para sakabate tumuli padha matur pitaken:“Manawi makaten, punapaa dene para ahliToret sami cariyos, bilih Nabi Elia pinasthirawuh rumiyin?” 11Paring wangsulane GustiYesus: “Pancen Elia bakal teka mbenakakesamubarang kabeh, 12nanging Aku pituturmarang kowe: Elia wis teka, mung baewong-wong ora wanuh marang dheweke,malah digawe sawenang-wenang. Mangkonouga Putraning Manungsa iya bakal nandhangsangsara marga saka panggawene wong-wongmau.” 13Nalika iku para sakabate Gusti Yesuspadha mangerti, yen kang dipangandikakakeiku Nabi Yokanan Pambaptis.

Bocah kang lara ayankesurupan dhemit diwarasake

17:14-21Mk 9:14-29; Lk 9:37-43

14Bareng wis padha bali tekan ing enggonewong akeh maneh, ana wong kang sowaning ngarsane Gusti Yesus banjur sujud

Page 79: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 17.15–21 78

lan matur: 15 “Gusti, anak kawula mugiPaduka welasi. Piyambakipun sakit ayan, lansangsara sanget. Asring dhawah ing latu laninggih asring dhawah ing toya. 16Sampunkawula bekta dhateng ing ngajenging parasakabat Paduka, nanging sami boten sagednyarasaken.” 17Gusti Yesus banjur ngandika:“Heh, jinis kang ora duwe pangandel lan kangkablinger, nganti pira lawase anggonKu isihkudu tetunggalan karo kowe kabeh? Ngantipira lawase anggonKu isih kudu tahan ana ingantaramu? Bocahe prenekna!” 18Gusti Yesusbanjur ndukani dhemite, wasana metu, sartawiwit nalika iku bocahe dadi waras.19Para sakabat tumuli padha sowan

ngadhep ing ngarsane lan bareng wis karoPanjenengane piyambakan, padha matur:“Punapa dene kawula sami boten sagednundhung dhemit wau?” 20Banjur padhakaparingan wangsulan: “Jalaran pracayamukurang. Sabab satemene pituturKu marangkowe: Saupama kowe duwe pangandel sawijisawi bae, kowe bisa akon gunung: Sumingkirasaka ing kene mrana. Gununge iku mesthingalih, sarta ora ana barang kang mokaltumrap kowe. 21 [Jinis iki ora bisa katundhungyen ora sarana ndedonga lan pasa].”

Page 80: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 17.22–27 79

Pameca kang kapindho babsangsarane Gusti Yesus

17:22-23Mk 9:30-32; Lk 9:43-45

22Nalika padha ana ing tanah GalileaGusti Yesus ngandika marang para sakabat:“Putraning Manungsa bakal dipasrahakemarang tanganing wong, 23 sarta bakaldisedani lan ing telung dinane bakalkawungokake.” Mulane para sakabat padhasusah banget.

Gusti Yesus asok pajeg Padaleman Suci

17:24-2724Bareng padha lumebu ing kutha

Kapernaum, para juru mupu pajeg PadalemanSuci padha marani Petrus lan calathu: “GuruPanjenengane punapa boten asok paos kalihdrakhma?” 25Wangsulane Petrus: “Inggihasok!” Nalika Petrus lumebu ing omah, GustiYesus ngrumiyini kalawan ndangu: “Simon,panemumu kapriye? Sapa sing dipundhutibeya lan pajeg dening para raja ing donyaiki, para putrane apa wong manca?” 26AturePetrus: “Tiyang manca!” Gusti Yesus ngandika:“Dadine para putra ora. 27Nanging supayaaku kabeh aja dadi sandhungan tumrapwong-wong iku, kowe mancinga menyangsagara. Iwak kang kena kokpancing dhisikdhewe iku cekelen, angapna cangkeme, kowe

Page 81: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 18.1–8 80

bakal nemu dhuwit patang drakhma ana ingjerone. Jupuken bayarna marang wong-wongiku, kanggo Aku lan kowe.”

Bab sapa kang pinunjul ana ing KratoningSwarga lan bab sandhungan

18:1-11Mk 9:33-37; Lk 9:46-48

181 Ing nalika iku para sakabat padhasowan ngadhep ing ngarsane Gusti

Yesus lan matur pitakon: “Sinten ta ingkangpinunjul wonten ing Kratoning Swargapunika?” 2Gusti Yesus banjur nimbali bocahcilik siji, didegake ana ing tengahe parasakabat 3 tumuli ngandika: “SatemenepituturKu marang kowe: Manawa kowe oramratobat lan dadi kaya bocah cilik iki, koweora bakal lumebu ing Kratoning Swarga. 4Dadising sapa ngesorake awak lan dadi kaya bocahcilik iki, yaiku kang pinunjul ana ing KratoningSwarga. 5Karodene sing sapa nampani bocahpepadhane iki atas saka jenengKu, iku Akukang ditampani. 6Nanging sing sapa dadisandhungan tumrap salah sawijining bocahcilik iki, kang pracaya marang Aku, iku luwihbecik dikalungi watu panggilingan banjurdicemplungake ing sagara bae. 7Bilai jagadlan sakabehing sesandhungane. Sandhunganiku pancen kudu ana, nanging bilai wong kangnjalari tekane.8Manawa tanganmu utawa sikilmu dadi

sandhungan tumrap kowe, kethoken lan

Page 82: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 18.9–13 81

buwangen, amarga luwih becik tumrapingkowe, urip kanthi tangan kuthung utawabuntung, katimbang karo tangamu lan sikilmukaro-karone wutuh nanging kacemplungakeing geni langgeng. 9Sarta manawa mripatmudadi sandhungan tumrap kowe, cuplaken lanbuwangen, amarga luwih becik tumrap kowelumebu ing urip kalawan pece katimbangkacemplungake ing geni naraka kalawanganep mripatmu.10Poma, aja nganti ngremehake salah

sawijining bocah cilik iki. Amarga Aku pituturmarang kowe: Malaekate ana ing swargatansah padha mandeng marang pasuryaneRamaKu kang ana Swarga. 11 [Dene rawuhePutraning Manungsa iku prelu nylametakekang katriwal].”

Pasemon bab wedhuskang ilangerumpamaan

tentang domba yang hilang

18:12-14Lk 15:3-7

12 “Panemumu kapriye? Manawa anawong duwe wedhus satus, banjur ana sijikang katriwal, apa ora bakal ninggal singsangangpuluh sanga ana ing pagunungantumuli lunga nggoleki wedhus kang katriwalmau? 13Satemene Aku pitutur marang kowe:Manawa bisa ketemu, kabungahane tumrapwedhus sing siji iki ngluwihi tumrap wedhussangangpuluh sanga kang ora katriwal.

Page 83: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 18.14–20 8214Mangkono uga Ramamu kang ana ingswarga ora ngarsakake ilange bocah iki sijibae.”

Bab ngelingake sadulur kang luput

18:15-2015 “Manawa sadulurmu duwe kaluputan,

elingna dhedhewekan. Manawa nggugumarang kandhamu, tegese kowe wis ngentassadulurmu. 16Dene yen ora nggugu, kowengajaka wong siji utawa loro engkas, supayamarga saka anane katrangane seksi loroutawa telu, prakarane banjur rampung.17Ewadene yen ora gelem manut, aturnamarang pasamuwan. Lan yen meksa oramanut karo pasamuwan, anggepen wong kapirutawa juru-mupu-beya.18Satemene pituturKu marang kowe: Apa

kang koktaleni ana ing donya iku bakalkatalenan ana ing swarga lan apa kangkokuculi ana ing donya iku bakal kauculanana ing swarga. 19Lan maneh Aku pituturmarang kowe: Manawa panunggalanmu ingdonya ana wong loro kang saiyeg nyuwunapa bae, panyuwune iku bakal dikabulakedening RamaKu kang ana ing swarga.20Sabab ing ngendi ana wong loro utawa telupadha nglumpuk kalawan nganggep marangjenengKu, ing kono Aku ana ing tengahe.”

Page 84: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 18.21–28 83

Pasemon bab ngapura kaluputan

18:21-3521Sawise iku Petrus nuli ngadhep ing

ngarsane Gusti Yesus lan munjuk: “Gusti,manawi sadherek kawula gadhah kalepatandhateng kawula, ngantos kaping pintenanggen kawula kedah ngapunten? Punapangantos kaping pitu?” 22Paring wangsulaneGusti Yesus: “PituturKu marang kowe:Aja mung ping pitu, malah ngantia pingpitungpuluh ping pitu.23Sabab Kratoning Swarga iku upamane

kaya sawijining ratu kang karsa etang-etangankaro abdine. 24Bareng wiwit etang-etangan,ana siji kasebakake kang duwe utang saleksatalenta. 25Sarehne wong iku ora bia ngesahiutange, Sang Nata banjur dhawuh, supayawong iku dalah anak bojone lan sakabehebarang darbeke padha didoli kanggo nglunasiutange. 26Abdi mau tumuli sumungkem sujudana ing ngarsane Sang Prabu lan munjuk:Dhuh, Gusti, mugi wontena kasabaran dalemdhateng kawula, sadaya sambutan kawulabadhe kawula lunasi. 27Sang Nata trenyuhing galih marga saka welase marang abdiiku, mulane abdine banjur diluwari, utangedililakake.28Nanging saundure abdi mau banjur

kapethuk karo abdi liyane kang utang marangdheweke satus dinar, tumuli dicekel landitekak gulune, calathune: Sauren utangmu!

Page 85: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 18.29–19.2 8429Kancane abdi mau banjur sumungkemkanthi ngucap: Kula aturi sabar rumiyin,sambutan kula badhe kula lunasi. 30Nangingkang motangake rengkeng, malah kancanemau banjur kapasrahake marang pakunjarannganti salunase utange.31Ndeleng kang mangkono iku kanca-kanca

liyane padha sedhih banget. Bab iku kabehbanjur kalapurake marang gustine. 32SangPrabu nuli dhawuh nimbali wong mau sartabanjur dipangandikani: Heh, abdi kang ala,utangira kang semana kehe wis sunlilakakekabeh, marga sira matur memelas marangingsun. 33Apa kowe ora wajib melasi marangmitramu, kayadene aku iya wis melasikowe? 34Gustine duka banget. Abdi maubanjur kapasrahake marang algojo, ngantisapundhate utange kabeh.35Samono uga RamaKu kang ana ing swarga

iya bakal tumindak mangkono tumrap ingkowe, manawa kowe dhewe-dhewe ora gelemngapura marang kaluputane sadulurmu kanthiterusing ati.”

Bab pegatan

19:1-12Mk 10:1-12

191Bareng Gusti Yesus wis mungkasipiwulange mau banjur tindak saka ing

Galilea menyang ing tlatahe tanah Yudea ingsabrange bengawan Yarden. 2Akeh wongkang padha gumrudug ndherekake, nuli

Page 86: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 19.3–12 85

padha diwarasake ana ing kono. 3Tumuli anawong-wong Farisi kang sowan ing ngarsane,sumedya nyoba Panjenengane, ature: “Tiyangpunapa dipun kengingaken megat semahipunawit saking sadhengaha sabab?” 4Paringwangsulane Gusti Yesus: “Apa kowe oramaca, yen kang nitahake manungsa iku wiwitsakawit anggone ndadekake wis arupa lananglan wadon? 5Lan pangandikane: Mulanewong lanang iku kudu ninggal bapa biyungesarta banjur manunggal karo rabine, temahloro-lorone dadi daging siji. 6Mulane wismari dadi loro, mung siji. Awit saka iku, apakang wus katunggalake dening Allah, orakena kapisah dening manungsa.” 7Unjukewong-wong Farisi mau: “Manawi makaten,punapaa dene Nabi Musa dhawuh supadosnyukani serat pegat, manawi tiyang megatingkang estri?” 8Gusti Yesus ngandika: “Margasaka wangkoting atimu, Musa ngidini kowemegat bojomu, nanging wiwitan mula oramangkono. 9Malah Aku pitutur marang kowe:Sing sapa megat rabine, liyane jalaran sakalaku jina lan banjur rabi liyane, iku dadilaku bandrek.” 10Para sakabat tumuli padhamunjuk: “Manawi makaten kawontenanipuntiyang sesemahan, langkung sae botenemah-emah.” 11Nanging pangandikane: “Orakabeh wong ngreti marang kandhaKu, mungkang wus kaparingan kanugrahan. 12Ana wongkang ora bisa omah-omah, awit wiwit lair sakaing guwa-garbane ibune, kaanane wis kayamangkono lan ana wong kang didadekake

Page 87: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 19.13–17 86

mangkono dening wong liya lan ana manehkang gawe awake dhewe mangkono sakakarepe dhewe marga saka Kratoning Swarga.Sing sapa bisa ngreti, supaya mangretia.”

Gusti Yesus mberkahi bocah-bocah

19:13-15Mk 10:13-16; Lk 18:15-17

13Tumuli ana wong kang padha nyowanakebocah cilik-cilik marang ngarsane Gusti Yesus,supaya ditumpangana asta sarta didongakake;nanging banjur padha disrengeni dening parasakabat. 14Nanging Gusti Yesus ngandika:“Cikben bocah-bocah iku, aja kokalang-alangianggone padha sowan ing ngarsaKu, sababwong-wong kang kaya mangkono iku,kang padha ndhuweni Kratoning Swarga.”15Panjenengane nuli numpangi asta marangbocah-bocah mau, banjur tindak saka ingkono.

Wong nom-noman sugih sowan ingngarsane Gusti Yesus

19:16-26Mk 10:17-27; Lk 18:18-27

16Ana sawijining wong sowan ing ngarsaneGusti Yesus lan matur: “Gusti, kulakedah nglampahi pandamel sae punapa,supados saged angsal gesang langgeng?”17Pangandikane Gusti Yesus: “Apa sababe,dene kowe takon marang Aku bab apa kang

Page 88: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 19.18–26 87

becik? Kang becik iku mung Siji. Ewadenemanawa kowe kapengin lumebu ing urip,tetepana sakabehing pepakon.” 18Unjukewong mau: “Pepaken ingkang pundi?” Paringwangsulane Gusti Yesus: “Sira aja memateni,sira aja laku jina, sira aja nyenyolong, sira ajangucapake paseksi goroh. 19Sira ngajenanabapa-biyungira lan sira tresnaa marangsapepadhanira kayadene awakira dhewe.”20Unjuke wong anom iku: “Punika sadayasampun kula tetepi, punapa malih ingkangtaksih kirang?” 21Pangandikane Gusti Yesus:“Yen kowe arep sampurna, wis lungaa, barangdarbekmu kabeh dolana, lan pepayone kabehwenehana marang wong miskin, temahankowe oleh bandha ana ing swarga, banjurmrenea, melua Aku.” 22Bareng wong anommau krungu pangandika kang mangkonoiku, banjur mundur kalawan sedhih, amargabandhane akeh.23Gusti Yesus tumuli ngandika marang para

sakabate: “Satemene pituturKu marang kowe,yen wong sugih iku angel banget bisanelumebu ing Kratoning Swarga. 24Sapisanengkas pituturKu marang kowe, luwihgampang unta lumebu ing bolonganing domtinimbang wong sugih lumebu ing KratoningAllah.” 25Para sakabate bareng krungu kangkaya mangkono iku, padha banget anglesingatine sarta padha ngunandika: “Yen mangkonoiku sapa ta sing bisa oleh karahayon?” 26GustiYesus banjur mandeng marang para sakabatsarta ngandika: “Tumraping manungsa bab iku

Page 89: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 19.27–20.2 88

mokal, nanging mungguhing Allah samubarangkabeh bisa kalakon.”

Ganjarane para pandhereke Gusti Yesus

19:27-30Mk 10:28-31; Lk 18:28-30

27Petrus tumuli mangsuli, unjuke: “Kawulasadaya sampun sami nilar samukawis sahalajeng ndherek Paduka; ingkang punika kawulasami badhe angsal punapa?” 28PangandikaneGusti Yesus: “Satemene pituturKu marangkowe, besuk ing jaman pembangunan,manawa Putraning Manungsa lenggah ingdhampar kamulyan, kowe kang wis padhandherek Aku, iya bakal linggih ing dhamparrolas sarta ngadili taler Israel rolas. 29Lansaben wong kang marga saka Aku wisninggal omahe, sadulure lanang utawawadon, bapa-biyunge, anak-anake apadenepalemahane, iku bakal tampa sembulih tikelsatus lan bakal oleh warisan urip langgeng.30Ananging akeh pangarep kang bakal

dadi pamburi lan para pamburi bakal dadipangarep.”

Pasemon bab buruh tani ing kebon anggur

20:1-16

201 “Anadene Kratoning Swarga iku kenadiupamakake wong kang ing wanci esuk

umun-umun metu golek wong buruh kanggokebone anggur. 2Bareng wis padha sarujuke

Page 90: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 20.3–12 89

opahe nyadinar sadina, banjur padha dikonmenyang ing kebone. 3Kira-kira jam sangadheweke metu maneh nuli weruh wong-wongkang padha nganggur ana ing pasar.4Calathune marang wong-wong mau: Koweiya padha menyanga ing pakebonanku anggur,mengko bakal dakwenehi pituwas sapantese.Wong-wong mau uga banjur padha mangkat.5Kira-kira jam rolas lan jam telu awan metumaneh lan iya nindakake kaya ing ngarepmau. 6Watara jam lima sore iya metu manehsarta weruh maneh wong-wong kang padhanganggur, banjur padha ditakoni: Yagenekowe padha nganggur bae ana ing kene sadinamuput? 7Wangsulane wong-wong, mau: Awitboten wonten tiyang ingkang mberahakendhateng kula. Iku tumuli dipituturi: Kowe iyapadha menyanga kebonku anggur. 8Barengwis surup sing duwe pakebonan kandhakaro mandhore: Buruh-buruh mau padhaundangen, padha wenehana buruhane, wiwitsing mlebu keri dhewe nganti tekan singmlebu dhisik dhewe. 9Wong-wong kangkira-kira jam lima wiwit nyambut-gawe padhateka, lan diopahi nyadinar. 10Sawise iku kangmlebune esuk dhewe padha mara, pangiranebakal tampa opah luwih akeh, nangingjebul iya tampa nyadinar. 11Nalika padhanampani opahe, padha ngumel-umeli kangduwe pakebonan. 12Tembunge: Tiyang-tiyangpunika mlebetipun kantun piyambak, dadosnamung nyabut-damel sajam, mangkalajeng panjenengan damel sami kaliyan

Page 91: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 20.13–19 90

kula ingkang nyambut-damel awrat sadintenmuput saha sami kabenteran. 13Nangingkang duwe pakebonan mangsuli marangsalah sawijining wong mau: Aku rak oraluput karo kowe. Kowe karo aku rak wispadha sarujuk nyadinar sadina? 14Tampananabageanmu banjur lungaa. Iki wis dadi karepkumenehi wong kang mlebu keri dhewe padhakaro kowe. 15Apa aku ora wenang nganggoduwek-duwekku dhewe sakarepku? Apa kowemeri, dene aku kok loma?16 Iya kaya mangkono iku, kang dadi pamburi

bakal dadi pangarep lan kang dadi pangarepbakal dadi pamburi.”

Gusti mratelakake kaping telune babanggone bakal nandhang sangsara

20:17-19Mk 10:32-34; Lk 18:31-34

17Nalika Gusti Yesus arep tindak menyangYerusalem, banjur nimbali para sakabaterolas dhewekan sarta ana ing dalan padhadipangandikani mangkene: 18 “Saiki Aku lankowe kabeh padha menyang ing Yerusalem lanPutraning Manungsa bakal diulungake marangpara pangareping imam lan para ahli Toret;iku bakal nibakake paukuman pati marangPanjenangane 19 lan masrahake marangwong-wong kapir, supaya dipoyoki lan disapubanjur disalib sarta ing telung dinane bakalkawungokake.”

Page 92: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 20.20–26 91

Panyuwune ibune anak-anake Zebedheus

20:20-28Mk 10:35-45

20 Ibune anak-anake Zebedheus marak ingngarsane Gusti Yesus karo anak-anake, banjursujud sarta arep ngaturake panyuwunan.21Gusti Yesus ndangu: “Kowe arep matur apa?”Unjuke: “Mugi karsaa paring dhawuh, supadosanak kawula kekalih punika, benjing wontening Kraton Paduka, sami linggiha ingkangsatunggal wonten ing tengen, satunggalipuning kiwa Paduka.” 22Nanging Gusti Yesusparing wangsulan, pangandikane: “Koweiku padha ora ngreti kang koksuwun. Apakowe bisa ngombe ing tuwung pangomben,kang kudu Dakunjuk?” Karo-karone munjuk:“Inggih saged.” 23Pangandikane Gusti Yesus:“TuwungKu pancen bakal kokombe, nangingbab linggih ing tengenKu utawa ing kiwaKu,iku Aku ora wenang nglilani. Iku bakalkaparingake marang wong-wong, kang wiscinadhang dening RamaKu.”24Sakabat kang sapuluh, bareng krungu

kang mangkono iku, padha nepsu marangsadulur loro mau. 25Banjur padha ditimbalidening Gusti Yesus sarta dipangandikani:“Kowe padha ngreti, yen kang padha ngastapeprentahaning bangsa-bangsa anggonenindakake peprentahan kalawan keras,sarta para panggedhe padha nindakakepanguwasane kanthi kenceng. 26Ananging

Page 93: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 20.27–34 92

kowe aja padha mangkono. Sing sapakapengin dadi gedhe ana ing antaramu,iku dadia batur, 27 lan sing sapa kapengindadi pangarep ana ing antaramu, iku dadiabudhakmu. 28Padha karo Putraning Manungsaanggone rawuh iku ora supaya diladosi,nanging malah ngladosi sarta masrahakenyawane minangka tetebusan tumrap wongakeh.”

Gusti Yesus nyarasakewong picak ing Yerikho

20:29-34Mk 10:46-52; Lk 18:35-43

29Nalika padha metu saka ing kutha Yerikho,Gusti Yesus kadherekake ing wong akehbanget. 30Ana wong picak loro linggihing pinggir dalan krungu yen Gusti Yesuslangkung, banjur padha nguwuh-uwuh: “Gusti,mugi karsaa melasi kawula, dhuh PutranipunSang Prabu Dawud!” 31Nanging banjur padhadisendhu ing wong akeh, dikon meneng.Ewasemono malah saya seru anggone padhanguwuh-uwuh, ature: “Dhuh, Gusti, mugikarsaa melasi kawula, dhuh Putranipun SangPrabu Dawud!” 32Gusti Yesus banjur kendelanggone tindak sarta nimbali wong-wong mau,sarta dipangandikani: “Kowe padha nyuwunDakkapakake?” 33Atur wangsulane: “Gusti,kawula nyuwun, supados mripat kawula sagedningali.” 34Gusti Yesus trenyuh panggalihemarga saka welas, banjur ndumuki mripate

Page 94: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 21.1–8 93

wong-wong mau. Padha sanalika padha bisandeleng, tumuli padha ndherekake GustiYesus.

Gusti Yesus kaarak lumebeting kutha Yerusalem

21:1-11Mk 11:1-10; Lk 19:28-38; Yo 12:12-15

211Bareng lakune wis cedhak Yerusalem,wis tekan ing desa Betfage ing gunung

Zaitun, Gusti Yesus utusan sakabate loro,2dhawuhe: “Padha menyanga ing desangarepmu iku, mengko kowe bakal enggalmrangguli kuldi wadon cacangan karo beloneana ing sandhinge. Iku padha uculana lanloro-lorone gawanen mrene. 3Dene manawaana wong kang ngaruh-aruhi kowe, kandhaa:Punika prelu kagem Gusti. Mangke tumuntenbadhe dipun wangsulaken.”4Bab iku kalakone supaya kayektenan kang

dipangandikakake dening nabi:5 “Tutura marang putri Sion:Delengen, Ratunira ngrawuhi sira,Panjenengane iku alus panggalihesarta nitih kuldi, beloning kuldi momotan.”6Sakabat-sakabat mau banjur mangkat

lan nindakake apa sadhawuhe Gusti Yesus.7Kuldine karo belone digawa, banjur dilarabisandhangane. Gusti tumuli nitih. 8Wong-wongkang gunggunge akeh banget iku padhanjereng panganggone ana ing dalan, anamaneh kang padha mecoki pang-panging

Page 95: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 21.9–15 94

wit-witan, padha disebar ana ing dalan.9Lan wong akeh kang padha lumaku ana ingngarsane Gusti Yesus lan kang lumaku ana ingsawingkinge padha nguwuh-uwuh pangucape:“Hosana konjuk ing Putranipun Prabu Dawud,binerkahana ingkang rawuh awit saking

Asmaning Pangeran.Hosana wonten ing ngaluhur.”

10Nalika Panjenengane lumebet ing Yerusalem,wong sakutha kabeh padha horeg, lan padhangucap: “Sapa ta wong iki?” 11Wong akehpadha mangsuli: “Iku Nabi Yesus saka Nasareting tanah Galilea.”

Gusti Yesus nyucekake Padaleman Suci

21:12-17Mk 11:15-19; Lk 19:45-48; Yo 2:13-16

12Gusti Yesus banjur lumebet ing PadalemanSuci sarta nundhungi wong kang padhadol-tinuku ana ing plataraning PadalemanSuci, meja-mejane wong pareyalan lanbangku-bangkune wong adol manuk darapadha digolingake, 13apamaneh wong-wongmau padha dipangandikani: “Ana tulisanmangkene: PadalemaningSun bakal kasebutdalem pamujan, nanging kokdadekakekedhung begal.”14Tumuli ana wong wuta lan wong pincang

padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus ana ingPadaleman Suci lan banjur padha kawarasake.15Ewadene bareng para pangareping imamlan para ahli Toret padha weruh mukjijat

Page 96: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 21.16–21 95

kang ditindakake sarta bocah-bocah kangpadha nguwuh-uwuh ana ing Padaleman Suci:“Hosana konjuk ing Putranipun Sang PrabuDawud!”, atine jengkel banget, 16banjur maturmarang Panjenengane: “Panjenengan punapamireng ingkang dipun cariyosaken lare-larepunika?” Gusti Yesus ngandika: “Iya, krungu;apa kowe durung tau maca: Paduka sampunnyawisaken puji medal ing cangkemipunlare-lare saha bayi-bayi?”17Gusti Yesus banjur nilar wong-wong mau,

tindak miyos saka ing kutha menyang ing desaBetania lan nyare ana ing kono.

Gusti Yesus nyupaosi wit anjir

21:18-22Mk 11:12-14, 20-26

18Esuke nalika tindak wangsul menyang ingkutha, Gusti Yesus kraos kerapan. 19Barengmirsa wit anjir ana ing pinggir dalan, tumulidipurugi, nanging ora manggih apa-apa anaing wit iku, kajaba mung godhong thok, banjurdipangandikani: “Aja metu wohmu maneh ingsalawas-lawase!” Padha sanalika wit anjir maudadi garing. 20Weruh kang kaya mangkonoiku para sakabat padha kaeraman sartamunjuk: “Kadospundi, dene wit anjir punikalajeng dados garing sami sanalika?” 21Paringwangsulane Gusti Yesus: “Satemene pituturKumarang kowe, manawa kowe pracaya oranganggo mangu-mangu, kowe mesthi oramung bisa nindakake apa kang Daktindakake

Page 97: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 21.22–27 96

tumrap marang wit anjir iki bae, nangingsanadyan gunung iki kokcalathoni: Mumbulalan ambyura ing sagara, mesthi iya bakalkalakon. 22Lan apa bae kang koksuwun ingpandonga kalawan pracaya, mesthi bakalkaparingake.”

Pitakonan bab panguwaose Gusti Yesus

21:23-27Mk 11:27-33; Lk 20:1-8

23Gusti Yesus banjur lumebet ing PadalemanSuci. Nalika Panjenengane lagi paring piwulangana ing kono, ana pangarepng imam lanpinituwaning bangsa Yahudi kang padha sowaning ngarsane lan matur pitakon: “Panjenengantumindak makaten punika kanthi panguwaosingkang pundi? Saha sinten ingkang maringipanguwaos punika dhateng Panjenengan?”24Paring wangsulane Gusti Yesus: “Akuiya arep takon marang kowe lan yen kowewis mangsuli Aku, Aku iya bakal kandhamarang kowe, Aku tumindak mangkono ikukanthi panguwasa sing endi. 25PambaptiseNabi Yokanan iku saka ing swarga apa sakamanungsa?” Wong-wong mau banjur padharembugan bab iku, mangkene pamikire:“Yen aku padha kandha: saka ing swarga.Dheweke bakal mangsuli: yen mangkonoyagene kowe ora pracaya? 26Nanging manawaaku kandha: Saka manungsa, aku padhawedi karo wong akeh, awit iku kabeh padhanganggep nabi marang Yokanan.” 27Wasana

Page 98: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 21.28–32 97

atur wangsulane marang Gusti Yesus: “Kulasami boten sumerep.” Gusti Yesus ngandikamarang wong-wong mau: “Yen mangkono Akuiya ora kandha marang kowe panggaweKukang mangkono iku kanthi panguwasa singendi.”

Pasemon bab anak loro

21:28-3228 “Nanging kapriye panemumu bab iki:

Ana wong duwe anak lanang loro. Kangpambarep diparani sarta dikandhani: Ngger,dina iki kowe nyambuta gawe ana ingkebon anggur. 29Anake mangsuli: Inggih,pak. Nanging ora mangkat. 30Wong maubanjur marani anake lanang kang angka lorosarta dikandhani mangkono uga, nanginganake mangsuli: Kula boten purun. Sawiseiku dheweke kaduwung, nuli mangkat.31Anak loro mau endi sing nindakake karepebapakne?” Atur wangsulane wong-wong mau:“Ingkang kantun.” Pangandikane Gusti Yesus:“Satemene pituturKu marang kowe: parajuru-mupu-beya lan para wanita tuna-susilabakal ndhisiki kowe lumebu ing KratoningAllah. 32Sabab Yokanan anggone teka ikuprelu nuduhake dalaning kayekten marangkowe, ewadene kowe ora pracaya marangdheweke. Nanging para juru-mupu-beya lanpara wanita tuna-susila padha pracaya marangdheweke. Nanging kowe kabeh sanadyan

Page 99: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 21.33–39 98

weruh, ora banjur kaduwung lan uga orapracaya marang dheweke.”

Pasemon bab wong nyewapakebonan anggur kang duraka

21:33-46Mk 12:1-12; Lk 20:9-19

33 “Padha ngrungokna pasemon liyane. Anasawijining wong kang gawe pakebonan anggur,dipageri mubeng, sarta digawekake joganganpapan pameresan apamaneh panggungpajagan. Pakebonan mau banjur disewakakemarang wong, tumuli mangkat lelunganmenyang ing nagara liya. 34Bareng wis mehwancine ngundhuh, kang duwe kongkonanrewang-rewange menyang enggone wongkang nyewa, njaluk pametuning pakebonane.35Nanging rewang-rewang mau padha dicekeldening kang padha nyewa. Sing siji digebugi,sijine dipateni, lan sing siji maneh dibenturiwatu. 36Sawise iku kang duwe pakebonanbanjur kongkonan maneh rewang-rewangliyane, luwih akeh katimbang sing dhisik,nanging iya nemahi lelakon kang kayasing dhisik. 37Wasana banjur kongkonananake, pamikire: Mesthine bakal padhaering marang anakku. 38Nanging barengwong-wong kang nyewa weruh anake mau,banjur padha rasanan mangkene: Iku ahliwarise, ayo dipateni bae, supaya warisanedadi duwekku kabeh. 39Anake mau banjurdicekel lan diuncalake menyang sajabaning

Page 100: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 21.40–46 99

kebon anggur, sarta dipateni. 40Mulanesamangsa sing duwe pakebonan anggurmau wis teka, wong kang padha nyewa maubakal dikapakake?” 41Unjuke kang padhadidangu: “Tiyang-tiyang duraka wau tamtudipun sirnakaken, dene kebon anggur badhedipun sewakaken dhateng tiyang sanes,ingkang badhe ngladosaken pamedalipun ingmangsanipun.” 42Pangandikane Gusti Yesus:“Apa kowe durung tau maca ing Kitab Sucimangkene:Watu kang ditampik dening tukang-tukang

gawe omah,iku wis dadi watu kang baku ana ing pojok.Kadadean iki saka ing Pangeran,sarta elok ana ing pandeleng kita.

43Mulane Aku pitutur marang kowe, yenKratoning Allah bakal kapundhut saka ingkowe lan bakal diparingake marang sawijiningbangsa kang bakal metokake wohe.44 [Lan sing sapa tiba ing watu iku, bakal ajur

mumur lan sing sapa katibanan bakal remuk.]”45Bareng para pangareping imam lan

wong-wong Farisi krungu pasemon-pasemonmau, padha rumangsa, yen dheweke kabehkang disemoni. 46Banjur padha mbudi-dayabisane nyekel Panjenengane, nanging padhawedi karo wong akeh, amarga iku padhanganggep nabi marang Panjenengane.

Page 101: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 22.1–10 100

Pasemon bab pahargyanmanton ing kraton

22:1-14Lk 14:15-24

221Gusti Yesus tumuli paring pasemonmaneh marang wong-wong mau,

pangandikane: 2 “Kratoning Swarga ikuupamane kaya ratu, kang mahargyapikramane ingkang putra. 3Banjur utusanpara abdi nimbali para wong kang kauleman,nanging padha ora gelem sowan. 4Nuli utusanpara abdine liyane, dhawuhe: Sing padhadiulemi kandhanana mangkene: Ingsun wisnyawisake bujananingsun, sapiningsun lankewaningsun lemon wis padha kasembelehan,sarta samubarang wis cumepak. padha tekaaing pahargyan. 5Ewadene para kang kaulemanpadha ora maelu. Ana kang padha menyanging pategalane, ana kang lunga nguruspadagangane, 6dene liyane padha nyekelpara abdi mau, dikaniaya sarta dipateni.7Mulane Sang Nata duka lan banjur utusanwadyabalane kadhawuhan numpes wong-wongdursila mau lan ngobongi kuthane. 8Sawiseiku nuli ngandika marang para abdine: Bujanamanton wis cumawis, nanging wong-wongsing diulemi padha ora pantes. 9Mulane padhamenyanga ing dalan-dalan prapatan, sabenwong kang kokprangguli ing kono padhaulemana menyang ing pahargyan mantoniki. 10Abdi-abdi mau tumuli padha mangkat

Page 102: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 22.11–17 101

lan mglumpukake kabeh wong kang ana ingdalan-dalan, wong ala lan wong becik, ngantingebaki papan pahargyan manton. 11NalikaSang Nata lumebet karsa manggihi tamu-tamuiku, panjenengane mirsa wong siji, sing oranganggo sandhangan pesta. 12Panjenenganebanjur ngandika marang wong mau: He,sadulur, kapriye dene sira lumebu ing keneora nganggo sandhangan pesta? Wong maumeneng bae. 13Sang Nata banjur ngandikamarang para abdine: Tlikungen tangane lansikile, nuli uncalna menyang ing panggonankang peteng dhewe, ing kono kang bakaltinemu panangis lan keroting untu.14Sabab akeh kang tinimbalan, nanging

mung sathithik kang pinilih.”

Bab ngaturake pajeg marang Sang Nata

22:15-22Mk 12:13-17; Lk 20:20-26

15Sawise mangkono wong-wong Farisibanjur lunga, padha rerembugan bab kapriyeanggone bisa nyengkolong Gusti Yesus saranapitakonan. 16Nuli kongkonan murid-muridebebarengan karo wong-wong Herodhian,matur pitakon: “Guru, kula sami sumerep,bilih Panjenengan punika jujur saha mulangbab margining Allah kanthi jujur, punapa denePanjenengan boten mraduli dhateng sintenkemawon, amargi Panjenengan boten mawangtiyang. 17Awit saking punika mugi karsaaparing katrangan: Mbayar paos dhateng Sang

Page 103: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 22.18–25 102

Nata Agung punika kenging punapa boten?”18Nanging Gusti Yesus mirsa bab kaculikaningatine wong-wong mau, mulane banjurngandika: “He, wong lamis, yagene kowepadha nyoba marang Aku? 19Aku tuduhanadhuwit kanggo pajeg iku!” Banjur dicaosidhuwit dinar siji. 20Panjenengane nuli ndangu:“Iki gambare lan tulisane sapa?” 21Aturwangsulane: “Gambar saha seratanipun SangNata Agung.” Gusti Yesus banjur ngadika:“Mulane Sang Nata Agung caosana apa kangwajib kacaosake marang Sang Nata Agunglan aturna marang Allah kang wajib kaaturakemarang Allah.” 22Bareng wong-wong maukrungu pangandika mangkono iku padhakaeraman, tumuli Gusti Yesus ditinggal lunga.

Pitakone wong Sadukibab tangine wong mati

22:23-33Mk 12:18-27; Lk 20:27-40

23 Ing dina iku ana wong Saduki sawatarakang padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus.Wong-wong iku padha ora pracaya marangpatangen. Banjur padha munjuk: 24 “Guru,Nabi Musa ngandika, manawi wonten tiyangpejah boten tilar anak, punika sadherekipunkedah mendhet semah ingkang estri, sagedasuka turun dhateng sadherekipun wau.25Kalampahan panunggilan kula wontensadherek jaler pitu. Ingkang kapisanemah-emah, namung kemawon lajeng pejah.

Page 104: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 22.26–35 103

Sarehning boten nilar anak, dados ingkangestri katilaraken dhateng sadherekipun.26Makaten ugi ingkang kaping kalih sahaingkang kaping tiga, ngantos dumugi ingkangkaping pitu pisan. 27Wasana sapengkeripunsadaya punika wau tiyang estri punika lajengpejah. 28 Ingkang punika benjing dintenpatangen, tiyang pitu wau ingkang pundiingkang dados semahipun tiyang estri punika,sadaya rak sampun nate gesang sesarengankaliyan piyambakipun?” 29Gusti Yesusmangsuli, pangandikane: “Kowe iku padhakesasar, jalaran kowe padha ora sumurup babKitab Suci lan panguwasaning Allah. 30Awitbesuk ing jaman patangen ora ana wong kangomah-omah utawa diomah-omahake, nanginguripe kaya malaekat ing swarga. 31Apa kowepadha ora maca pangandikaning Allah marangkowe bab patangen, kang ijoane mangkene:32 Ingsun iki Allahe Abraham, Allahe Iskaklan Allahe Yakub? Allah iku dudu Allahe wongmati, nanging Allahe wong urip.” 33Wong akehkang padha ngrungokake, padha kaeramaning bab piwulange.

Bab angger-angger kang gedhe

22:34-40Mk 12:28-34; Lk 10:25-28

34Para wong Farisi bareng krungu, yenGusti Yesus wis mbungkem cangkeme parawong Saduki, banjur padha nglumpuk.35Ana siji panunggalane wong-wong mau,

Page 105: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 22.36–44 104

yaiku ahli Toret, sing arep nyoba marangPanjenengane, matur pitakon: 36 “Guru,angger-angger ing salebeting Toret punikaingkang ageng piyambak ingkang pundi?”37Paring wangsulane Gusti Yesus: “Siratresnaa marang Pangeran Allahira kalawangumolonging atinira, lan gumolongingnyawanira, sarta gumolonging budinira.38Yaiku angger-angger kang gedhe lan luhurdhewe. 39Dene angger-angger kang kapindhokang padha karo iku, yaiku: Sira tresnaa ingsapepadhanira dikaya marang awakira dhewe.40Kabeh isining Toret lan kitabe para nabi ikugumantung karo angger-angger loro mau.”

Sang Kristus iku Gusti lantedhake Sang Prabu Dawud

22:41-46Mk 12:35-37; Lk 20:41-44

41Nalika para wong Farisi lagi padhanglumpuk, Gusti Yesus ndangu marangwong-wong mau, pangandikane: 42 “Kapriyepanemumu ing bab Sang Kristus?Iku tedhake sapa?” Wangsulane kangkadangu: “Tedhakipun Sang Prabu Dawud.”43Pangandikane Gusti Yesus: “Yen mangkono,kapriye dene Sang Prabu Dawud marga sakakatuntun dening Roh kok nyebut Gustine,yaiku nalika ngandika:44Pangeran wis dhawuh marang Gustiku:Sira linggiha ana ing tengeningSun,nganti sakabehing mungsuhira wis

Page 106: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 22.45–23.8 105

Sunselehake ing sangisoring tlapakanira.45Dadi yen Sang Prabu Dawud nyebut

Panjenengane Gustine, kapriye dene kok daditedhake?” 46Ora ana siji bae kang bisa ngaturiwangsulan, sarta wiwit nalika iku ora anawong siji bae kang wani ngaturake pitakonanmarang Panjenengane.

Pangandikane Gusti Yesus bab tumindakepara ahli Toret lan wong Farisi

23:1-12Mk 12:38-40; Lk 11:37-54, 20:45-47

231Gusti Yesus banjur ngadika marangwong akeh lan marang para sakabate:

2 “Para ahli Toret lan para wong Farisi ikupadha nglinggihi palenggahane Nabi Musa.3Mulane padha nglakonana lan nurutamarang sakabehing piwulange, nangingaja niru marang tindak-tanduke, amargaiku padha aweh piwulang, nanging orapadha nglakoni dhewe. 4Padha mbongkokigegawan kang abot-abot banjur ditumpangakeing pundhaking wong, nanging dhewekedhewe ndumuk bae ora gelem. 5Sakabehingtindak-tanduke iku mung supaya bisaa katoning wong; nganggo tali sembahyang amba,nganggo gombyok dawa-dawa. 6Padhalinggih ing papan kang kajen dhewe ana ingpahargyan lan ing ngarep dhewe ana ingpapan pangibadah. 7Padha seneng diurmatiana ing pasar-pasar lan seneng disebut guru.8Nanging kowe aja gelem disebut guru,

Page 107: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 23.9–15 106

amarga mung siji Gurumu lan kowe kabehpadha-padha sadulur. 9Apamaneh kowe ajanyebut rama marang sapa bae ana ing bumiiki, awit mung siji Ramamu, yaiku kangana ing swarga. 10Kowe aja gelem disebutpanutan, amarga mung siji Panutanmu, yaikuSang Kristus. 11Sing sapa dadi gedhe anaing satengahmu iku dadia paladenmu. 12Lansing sapa ngluhurake awake dhewe, bakalkaasorake, dene kang ngasorake awake dhewebakal kaluhurake.”

Gusti ndukani para ahliToret lan wong Farisi

23:13-3313 “Bilai kowe, heh, para ahli Toret lan para

wong Farisi, heh, wong lamis, awit kowengancingi lawange Kratoning Swarga ana ingngarepe wong, sabab kowe dhewe ora mlebulan wong kang arep lumebu kokalang-alangi.14 [Bilai kowe, heh, para ahli Toret lan

para wong Farisi, heh wong lamis, amargakowe padha nguntal omahe randha-randhanganti entek, nganggo pawadan ndedongadawa-dawa, mulane kowe mesthi bakal tampapaukuman kang luwih abot.]15Bilai kowe, heh para ahli Toret lan para

wong Farisi, heh, wong lamis, sabab kowepadha nyabrangi sagara lan ndlajahi dharatan,supaya oleh wong sing ngenut agamamusanadyan munga siji bae, nanging yen wis

Page 108: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 23.16–24 107

mratobat, kokdadekake wong naraka, kangtikel pindho alane tinimbang kowe dhewe.16Bilai kowe, heh panuntun-panuntun

picak, kang ngucap: Supata demi PadalemanSuci, iku ora absah; nanging kang sumpahdemi emase Padelamenan Suci, sumpaheiku nancang. 17Heh, kowe wong-wongbodho lan picak, endi sing luwih wigati,emas apa Padaleman Suci sing nucekakeemase? 18Apamaneh sing sapa sumpah demimisbyah, iku ora absah, nanging sumpah demipisungsung kang ana ing misbyah iku kangnancang. 19Heh, wong-wong picak, endi singluwih wigati, pisungsunge apa misbyah kangnucekake pisungsung? 20Mulane sing sapasumpah demi misbyah, iku sumpahe demimisbyah lan uga demi barang-barang kangtumumpang ing kono. 21Lan sing sapa sumpahdemi Padaleman Suci, iku iya sumpah demiPadeleman Suci lan uga demi Kang adedaleming kono. 22Apadene sing sapa sumpah demiswarga, iku iya sumpah demi dhamparingAllah lan iya demi Kang lenggah ing kono.23Bilai kowe, heh para ahli Toret lan para

wong Farisi, heh wong-wong lamis jalarandalah godhong mardinah, adas tuwin jintenbae kokbayar prasapuluhane, nanging kangwigati dhewe tumrap angger-anggering Toretkoklirwakake, yaiku: kaadilan, kawelasan lankatemenan. Sing siji kudu ditindakake, sijineaja dilirwakake. 24Heh, kowe, panuntun-panuntun kang picak, lemud kokjupuk sakaing omben-ombenmu, nanging unta kokuntal.

Page 109: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 23.25–33 10825Bilai kowe, heh para ahli Toret lan

wong-wong Farisi, heh kowe wong-wonglamis, sabab tuwung lan pinggan padhakokresiki jabane, mangka ing jerone kebak isirampasan lan kamurkan. 26Heh, wong Farisikang picak, resikana dhisik jerone tuwung iku,jabane iya bakal dadi resik.27Bilai kowe, heh para ahli Toret lan

wong-wong Farisi, heh, wong-wong lamis,sabab kowe iku padha kaya kuburan, singdilabur putih; jabane pancen katon resik,nanging ing jerone kebak isi balung jrangkonglan rereged warna-warna. 28Samono ugakowe, lairmu katon mursid ana ngarepingwong, nanging ing batinmu kebak isi lelamislan duraka.29Bilai kowe, heh, para ahli Toret lan

wong-wong Farisi, heh, kowe; wong-wonglamis, jalaran kowe, mbangun pasareaningpara nabi lan ngrerengga tugu-tuguningwong-wong mursid, 30 lan calathu: Saupamaaku padha menangi jamane para leluhurkukabeh, mesthi aku ora padha melu anggonepadha nyedani para nabi. 31Marga sakamangkono dadine kowe padha dadi seksitumrap awakmu dhewe, yen kowe kabehiku padha turune wong-wong kang nyedanipara nabi. 32Dadi kowe iya padha ngebakanatakerane leluhurmu! 33Heh, ula, heh paratetesaning ula bedhudhak, kapriye anggonmubisa oncat saka paukumaning naraka?”

Page 110: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 23.34–39 109

Pameca bakal rusake Yerusalem

23:34-35Lk 13:34-35

34 “Mulane delengen, Aku ngutus nabi-nabi,para wong wicaksana lan para ahli Toretnekani kowe sarta ana kang banjur kokpatenilan koksalib, ana maneh kang bakal padhakoksapu ana ing papan-papan pangibadahmu,lan kokoyak-oyak saka ing kutha kang sijimenyang ing kutha sijine, 35 supaya kowepadha katempuhna wutahing getihe wongkang ora salah wiwit saka Abil wong kangmursid iku, nganti tekan Zakharia anakeBerekhya, kang kokpateni ana ing antaranepapan suci lan misbyah. 36Satemene Akupitutur marang kowe: Kabeh iku bakalkatempuhake marang jinis iki.37Yerusalem, Yerusalem kang mateni para

nabi lan mbenturi watu marang wong-wongkang kautus nemoni kowe, wis nganti pingpira anggonKu kapengin nglumpukake anak-anakmu, kaya babon anggone nglumpukakekuthuk-kuthuke ing sangisoring suwiwine,nanging kowe padha ora gelem. 38Titenana,omahmu iki bakal ditinggal suwung. 39Lan Akukandha marang kowe: Wiwit saiki kowe orabakal padha ndeleng Aku maneh, nganti kowepadha kandha: Binerkahana Ingkang rawuhatas asmanipun Pangeran.”

Page 111: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 24.1–4 110

Pameca bab bakal rusake Padaleman Suci

24:1-2Mk 13:1-2; Lk 21:5-6

241Sawise iku Gusti Yesus banjurmiyos saka ing Padaleman Suci lan

tindak saka ing kono. Para sakabate tumulipadha nyelaki Panjenengane, diaturi mirsaniyeyasan-yeyasaning Padaleman Suci. 2Banjurpadha dipangandikani: “Apa kowe padhandeleng iku kabeh? Satemene Aku pituturmarang kowe, bakale ing kene ora ana watusiji bae kang lestari tumumpang ing watuliyane, kabeh bakal dijugrugi.”

PAMECA BAB WEKASANING JAMAN24:3--25:46

Wiwitaning sangsara

24:3-14Mk 13:3-13; Lk 21:7-19

3Bareng Gusti Yesus lenggah ing gunungZaitun, para sakabat padha ngadhep ingngarsane piyambakan lan matur: “Guru,mugi karsaa paring sumerep dhatengkawula sadaya, benjing punapa badhekalampahanipun punika, sarta punapatandha-tandhanipun rawuh Paduka sahadinten wekasan?” 4Paring wangsulane Gusti:“Padha diawas, aja nganti kowe disasarake ing

Page 112: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 24.5–14 111

wong! 5Amarga akeh wong kang bakal tekanganggo jenengKu lan calathu: Aku iki SangKristua, sarta bakal nasarake wong akeh.6Kowe bakal krungu swaraning perang utawakabar-kabar bab perang. Nanging diawas, ajapadha kaget, sabab iki kudu kalakon, ewadeneiku durung wekasane. 7Sabab bangsa bakalnglawan bangsa, krajan nglawan krajan.Bakal ana pailan lan lindhu ing pirang-pirangpanggonan. 8Nanging iku kabeh mung lagiwiwitaning sangsara ngarepake jaman anyar.9 Ing nalika iku kowe bakal dipasrahake

supaya disiksa lan kowe bakal dipatenisarta bakal disengiti dening sakabehingbangsa marga saka jenengKu. 10 Ing konobakal akeh wong kang murtad sarta padhaulung-ingulungake lan sengit-sinengitan.11Lan maneh bakal akeh nabi palsu kangmuncul lan nasarake wong pirang-pirang.12Apamaneh marga saka saya wuwuheduraka, temahan wong kang akeh-akeh padhasuda katresnane. 13Nanging sing sapa manteptekan ing wekasan, iku bakal rahayu. 14SartaInjiling Kraton iki bakal kawartakake ingsaindenging jagad minangka paseksi marangsakabehing bangsa. Sawise iku lagi dinawekasan.”

Page 113: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 24.15–24 112

Pameca bab sangsara gedhe

24:15-28Mk 13:14-23; Lk 21:20-24

15 “Anadene manawa kowe padha weruhpangrusak kang ambeksiya ngadeg anaing papan suci, miturut pangandikane kangkadhawuhake lumantar Nabi Dhaniel --sing sapa maca migatekna -- 16wong-wonging Yudea padha ngungsia menyang ingpagunungan. 17Wong kang lagi ana ing payonaja mudhun njupuk barang-barang saka ingomahe. 18 lan wong sing lagi ana ing pategalanaja mulih njupuk sandhangane. 19Mesakakebanget wong kang lagi ngandheg lan kanglagi nusoni ing wektu iku. 20Nyenyuwuna,supaya anggonmu padha ngungsi aja pinujumangsa padhidhing lan aja mbeneri dinaSabat. 21Amarga ing wektu iku bakal kalakonepanganiaya kang nggegirisi, kang durung taukalakon wiwit ing wiwitaning jagad ngantisaprene lan kang bakal ora kalakon maneh.22Saupama wektune ora dicendhakake,sakabehing kang urip iki ora ana kang slamet,nanging marga saka anane wong-wong kangpinilih, wektu iku bakal dicendhakake.23 Ing wektu iku, manawa ana wong kang

kandha marang kowe: Delengen Kristus anaing kene, utawa Kristus ana ing kana, ajapadha ngandel. 24Sabab kristus-kristus palsulan nabi-nabi palsu bakal muncul sarta padhanganakake tandha-tandha kang nggegirisi lan

Page 114: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 24.25–31 113

mukjijat-mukjijat; saupama bisaa mangkono,iku padha arep nasarake para wong pilihanuga. 25Eling-elingen, Aku wis ngandhanikowe bab iku mau sadurunge kalakon.26Mulane yen ana wong kandha marangkowe: Panjenengane ana ing ara-ara samun,kowe aja mrana. Utawa: Panjenengane anaing kamar, aja ngandel. 27Sabab kayadenecumlereting kilat saka ing wetan sumunartumeka ing kulon, iya mangkono iku besukbakal rawuhe Putraning Manungsa. 28 Ingngendi ana bathang, ing kono panggonanemanuk garudha padha gegrombolan.”

Rawuhe Putraning Manungsa

24:29-36Mk 13:24-32; Lk 21:25-33

29 “Sawise sangsara ing mangsa iku kalakon,padha sanalika srengenge bakal dadi peteng,rembulan ora sumunar lan lintang-lintangpadha tiba saka ing langit sarta pikukuhinglangit bakal padha gonjang-ganjing. 30 Ingnalika iku bakal katon tandhane PutraningManungsa ana ing langit lan sakabehingbangsa ing salumahing bumi bakal padhangadhuh-adhuh, banjur padha ndelengPutraning Manungsa rawuh nitih meganinglangit, kalawan ngasta panguwasa lankamulyan gedhe. 31Panjenengane tumulibakal ngutus para malaekate kanthi swaraningkalasangka kang banter banget, iku bakalpadha ngumpulake wong-wong pilihane saka

Page 115: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 24.32–40 114

ing keblat papat, saka tepining langit tekaning sisihe.32Padha nampanana piwulang saka wit

anjir kang mangkene: Manawa pangpangememes lan wiwit semi, kowe padha ngreti,yen wis meh mangsa panas. 33Samono uga,manawa kowe padha weruh lelakon iku maukabeh, padha sumurupa, yen wis cedhak,wis ana ing ngarep lawang. 34Satemene Akupitutur marang kowe, jinis iki ora bakal sirna,sadurunge iku mau kabeh kalakon. 35Langitlan bumi bakal sirna, nanging tembungKuora bakal sirna pisan-pisan. 36Mung bae,mungguh dina lan wayahe iku, ora ana wongsiji-sijia kang sumurup, para malaekat ingswarga ora, Sang Putra iya ora, kajaba mungSang Rama piyambak.”

Bab jumaga

24:37-44Lk 17:26-30, 34-36

37Sabab kayadene nalika jamane NabiNuh, iya mangkono besuk bakal rawuhePutraning Manungsa. 38Marga padha kayadhek jaman sadurunge banjir patopan,wong-wong padha mangan lan ngombe,omah-omah lan ngomah-omahake, ngantidina anggone Nabi Nuh lumebet ing prau,39 lan padha ora nglegewa nganti tekanebanjir kang nyirnakake wong-wong maukabeh, mangkono uga besuk ing dina rawuhePutraning Manungsa. 40 Ing wektu iku manawa

Page 116: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 24.41–50 115

ana wong loro ana ing pategalan, kangsiji bakal kapulung, sijine bakal katinggal.41Manawa ana wong wadon loro kang padhasiji bakal kapulung sijine katinggal. 42Mulanepadha rumantia, amarga kowe ora ngreti dinarawuhe Gustimu.43Nanging iki kawruhana: Saupama kang

duwe omah iku ngreti wayahe tekane malinging wayah bengi, mesthi banjur jaga-jaga, orabakal aweh omahe dibabah. 44Awit saka iku,kowe uga padha rumantia. amarga rawuhePutraning Manungsa iku ing wayah kang orakoknyana.”

Pasemon bab abdi kangsetya lan abdi kang ala

24:45-51Lk 12:41-48

45 “Sapa ta abdi kang setya lan pinter, kangtinanggenah dening bandarane nglurahi parakalerehane, kapasrahan nyadhongi panganmarang wong-wong mau ing wektu kangkatamtokake? 46Rahayu abdi kang ketemu laginindakake kawajibane mau, nalika bandaranerawuh. 47Satemene Aku pitutur marang kowe,abdi mau bakal dipasrahi rumeksa barangkagungane kabeh. 48Nanging manawa abdiiku ala lan duwe gagasan ing sajroning atinemangkene: 49Bandaraku ora rawuh-rawuh,banjur wiwit nggitiki abdi-abdi liyane, lanmangan ngombe bebarengan karo wong-wongkang seneng mendem, 50bandarane mau nuli

Page 117: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 24.51–25.10 116

rawuh ing dina kang ora dinyana-nyana lan ingwayah kang ora disumurupi, 51abdi mau bakaldipateni sarta dipadhakake karo para wonglamis. Ing kono kang bakal tinemu tangis lankeroting untu.”

Pasemon bab prawan sapuluh

25:1-13

251 “Ing wektu iku Kratoning Swarga bakalkaupamakake kaya prawan sapuluh,

kang mangkat methuk panganten lanangkanthi nggawa diyan. 2Sing lima bodho, singlima pinter. 3Prawan-prawan sing bodho maunggawa diyane ora nganggo nggawa lengaserepan, 4dene prawan-prawan sing pinter,kajaba nggawa diyane, isih nggawa wadhah isilenga. 5Nanging sarehne pangantene ngantisuwe ora teka-teka, prawan-prawan maupadha nganthuk lan banjur turu. 6Barengwayah tengah wengi keprungu swara wongalok-alok: Mantene teka! Padha pethuken!7Prawan-prawan mau padha tangi lan natadiyan-diyane. 8Prawan-prawan sing bodhonembung marang prawan-prawan sing pinter:Bok aku wenehana lengamu sathithik bae,diyanku wis arep mati. 9Nanging wangsulaneprawan-prawan kang pinter: Aja, mengkoora sedheng kanggo aku lan kanggo kowe.Angur menyanga enggone sing dodol, tukuadhewe. 10Nanging nalika lagi padha lunga tukulenga, mantene teka, prawan-prawan sing wismiranti padha melu manten lumebu menyang

Page 118: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 25.11–21 117

ing pahargyan, lawange banjur dikancing.11Sawise mangkono prawan-prawan liyaneiya teka lan matur: Bandara, bandara,kawula nyuwun kori! 12Nanging wangsulanepanganten lanang: Satemene pituturkumarang kowe: Aku ora wanuh karo kowe.13Mulane padha meleka, awit kowe padha oraweruh dinane lan wayahe.”

Pasemon bab dhuwit talenta

25:14-30Lk 19:12-27

14 “Awit bab iku kayadene wong kang areplelungan banjur ngundangi batur-bature,padha dipasrahi barang darbeke, 15kang sijidiwenehi limang talenta, sijine rong talenta,lan sijine maneh satalenta, undha-usuk,tumuli mangkat. 16Kang tampa limang talentabanjur lunga, dhuwite dilakokake, temah olehbathi limang talenta. 17Batur kang tamparong talenta iya nindakake kang mangkonolan oleh bathi rong talenta. 18Nanging baturkang tampa satalenta iku lunga ndhudhuklemah gawe luwangan, dhuwite bandaranedipendhem. 19Sawise antara lawas bandaranebatur-batur mau mulih, banjur etung-etungan.20Kang tampa limang talenta ngaturakebebathen limang talenta, ature: Bandara,kula panjenengan cepengi gangsal talenta;lah punika kula angsal bathi inggih gangsaltalenta. 21Wangsulane bandarane: Becikbanget pagaweanmu iku, heh, batur kang

Page 119: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 25.22–29 118

becik lan tumemen; kowe wis ngatonaketumemenmu tumrap prakara sapele, kowebakal dakpasrahi nindhakake prakara gedhe;mara, lumebua lan melua ngrasakakekamuktening bandaramu. 22Kang tamparong talenta banjur matur: Bandara, kulapanjenengan pasrahi kalih talenta; lah kulaangsal bathi kalih talenta. 23Wangsulanebandarane: Becik banget pagaweanmuiku, heh, batur kang becik lan tumemen;kowe wis ngatonake tumemenmu tumrapprakara sapele, kowe bakal dakpasrahinindakake prakara gedhe; mara, lumebua lanmelua ngrasakake kamuktening bandaramu.24Wasana kang tampa satalenta uga tekalan matur: Bandara, kula sampun sumerep,bilih panjenengan punika tiyang ingkangdakwenang, dene ngeneni ingkang sanessebaran panjenengan, saha mendheti ingkangsanes taneman panjenengan. 25Milanipun kulaajrih, kula lajeng kesah, arta panjenengansatalenta kula pendhem ing siti. Mangga,kula aturi nampeni kagungan panjenengan!26Bandarane banjur mangsuli: Heh, baturkang ala lan kesed, kowe wis ngreti, yen akungeneni kang dudu sebaranku lan njupuk kangdudu tanduranku. 27Mulane benere dhuwitkukoktitipake marang wong kang nglakokakedhuwit, supaya saulihku bisa tampa dhuwit ikusaanakane. 28Mulane padha jupuken dhuwitsatalenta iku, banjur wenehna kang duwesapuluh talenta iku. 29Sabab sing sapa duwe,bakal kaparingan, nganti luber. Nanging sing

Page 120: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 25.30–37 119

sapa ora duwe, bakal kapundhutan sabarangdarbeke kabeh. 30Anadene batur kang tanpaguna iku uncalna menyang ing pepeteng kangbanget petenge. Ing kono kang ana mungtangis lan keroting untu.”

Bab pangadilan kang wekasan

25:31-4631 “Besuk manawa Putraning Manungsa rawuh

ngagem kamulyane lan sakabehing padhandherekake, Panjenengane banjur lenggahing dhampar kamulyan. 32Sakehing bangsanuli bakal kaklumpukake ana ing ngarsane lanbakal kapisah-pisah siji lan sijine, kayadenepangon anggone ndhewek-ndhewekakewedhus gembel karo wedhus jawa, 33kanggembel dipapanake ana ing tengene, denewedhus jawa ana ing kiwane. 34TumuliSang Nata bakal ngandika marang kang anatengene: Heh, para kang binerkahan deningRamaningSun, mara, padha tampananawarisan Kraton, kang wis kacawisake marangsira wiwit dumadining jagad. 35Awitdene nalikaIngsun kerapan, sira caosi dhahar; nalikaIngsun kasatan, sira caosi ngunjuk; nalikaIngsun lelana, sira caosi palereban; 36nalikaIngsun kelukaran, sira caosi pangageman,nalika Ingsun gerah, sira tiliki; nalika Ingsunkinunjara, sira sowani. 37 Ing kono wong-wongkang mursid iku bakal padha munjuk:Gusti, kala punapa kawula sumerep Padukakerapan lajeng kawula caosi dhahar, saha

Page 121: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 25.38–46 120

kasatan kawula caosi ngunjuk? 38Kala punapakawula sumerep Paduka lelana lajeng kawulacaosi palereban, saha kelukaran kawulacaosi pangageman? 39Kala punapa kawulasumerep Paduka gerah utawi kinunjara, lajengkawula sowani? 40Sang Nata bakal paringwangsulan: Satemene pituturingSun marangsira: Samubarang kabeh kang sira tindakakekanggo salah sawijining saduluringSun kangasor dhewe iki, iku iya sira tindakake kagemIngsun. 41Sarta Sang Nata bakal ngandikamarang kang ana sisih kiwane: Sumingkirasaka ing ngarsaningSun, heh, wong kangpadha kena ing laknat, sumingkira menyanging geni langgeng, kang wis kacawisakekanggo Iblis lan para malaekate. 42Sababnalika Ingsun kerapan, sira ora nyaosidhahar; nalika Ingsun kasatan, sira ora nyaosingunjuk; 43nalika Ingsun lelana, sira oranyaosi palereban; nalika Ingsun gerah, lanana ing pakunjaran, sira ora sowan. 44 Ingkono wong-wong mau bakal padha munjuk:Dhuh, Gusti, kala punapa kawula sumerepPaduka kerapan, utawi kasatan, utawi pinujulelana, punapa kelukaran utawi gerah,punapa wonten ing pakunjaran saha botenkawula ladosi? 45Sang Nata banjur bakalparing wangsulan: Satemene pituturingSunmarang sira, samubarang kabeh kang orasira tindakake kanggo salah sawijining wongkang asor dhewe iki, iku iya ora sira tindakakekagem Ingsun. 46Wasana wong-wong ikubakal lumebu ing siksa langgeng, dene

Page 122: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 26.1–7 121

wong kang mursid iku bakal lumebu ing uriplanggeng.”

Gusti paring sumurup kaping pate babanggone bakal nandhang sangsara.Pangrantam arep nyedani Gusti

26:1-5Mk 14:1-2; Lk 22:1-2; Yo 11:45-53

261Sawise Gusti Yesus mungkasipiwulange mau, banjur ngandika

marang para sakabate: 2 “Kowe padhasumurup, yen kurang rong dina wis riyayaPaskah, dene Putraning Manungsa bakalkaulungake supaya kasalib.”3 Ing nalika samana para pangareping imam

lan para pinituwaning bangsa Yahudi padhanglumpuk ana ing daleming Imam Agung kangasma Kayafas 4apirembugan bab anggonearep nyepeng Gusti Yesus kanthi paekan lannyedani Panjenengane. 5Nanging rembuge:“Aja pinuju ing riyaya, supaya aja ndadekakegegere wong akeh.”

Gusti Yesus kajebadan

26:6-13Mk 14:3-9; Yo 12:1-8

6Nalika Gusti Yesus ana ing Betania, anaing omahe Simon Budhug, 7ana wong wadonkang marak ing ngarsane, nggawa goci isilenga jebad kang larang regane, banjurdiesokake ing mustakane Gusti Yesus, nalika

Page 123: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 26.8–16 122

lagi lenggah dhahar. 8Para sakabate weruhkang mangkono iku, padha muring-muring,pangucape: “Yagene kok ngeceh-ecehmangkono? 9Sabab lenga iku kena didol bisapayu larang, lan dhuwite kena didanakakemarang wong-wong miskin.” 10Nanging GustiYesus mirsa gagasane para sakabate, banjurngandika: “Yagene kowe padha ngregoni wongwadon iki? Kang ditandukake marang Akuiki panggawe becik. 11Wong-wong miskiniku salawase ana ing kowe, nanging Akubakal ora salawase woworan karo kowe.12Amarga anggone ngesokake lenga ingawakKu iku, ateges nganakake pacawisantumrap anggonKu bakal kakubur. 13SanyataneAku pitutur marang kowe, ana ing ngendi baeInjil iki bakal diwartakake ing saindengingjagad, apa kang katindakake iku bakaltansah kapratelakake uga minangka dadipangeling-eling marang dheweke.”

Yudas tampa upah

26:14-16Mk 14:10-11; Lk 22:3-6

14Sawise iku salah sawijining sakabat rolas,kang jenenge Yudas Iskariot, marani parapangareping imam, 15 lan matur: “Kula badhekaparingan punapa, mangke tiyangipun badhekula ladosaken dhateng panjenengan.” Banjurdiwenehi dhuwit telung puluh sekel salaka.16Lan wiwit nalika iku Yudas golek jalaranbisane ngladosiake Gusti Yesus.

Page 124: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 26.17–25 123

Gusti Yesus dhahar Paskahkaro para sakabate

26:17-25Mk 14:12-21; Lk 22:7-14, 21-23; Yo 13:21-30

17 Ing dina wiwitaning riyaya Roti Tampa Ragi,para sakabate Gusti Yesus padha ngadhep ingngarsane lan matur: “Karsa Paduka kawulacawisi dhaharan Paskah wonten ing pundi?”18Paring wangsulane Gusti Yesus: “Menyangakutha, menyanga enggone si Anu lan kandhaa:Dhawuhipun Guru: WektuKu wis cedhak, Akuarep mahargya Paskah karo para sakabatKuana ing omahmu.” 19Para sakabat banjurnindakake apa sapangandikane Gusti Yesuslan nyawisake Paskah.20Bareng wis sore Gusti Yesus banjur lenggah

dhahar bebarengan karo para sakabaterolas. 21Sajrone padha mangan, Gusti Yesusngandika: “Satemene pituturKu marang kowe:Ana siji ing antaramu kang bakal ngulungakeAku.” 22Para sakabat padha sedhih bangetsarta padha munjuk genti-genti: “Rak saneskawula, ta, Gusti?” 23Paring wangsulane:“Sing bebarengan karo Aku nyelupake tanganeing pinggan iki, yaiku sing bakal ngulungakeAku. 24Putraning Manungsa pancen bakallinggar, cocok karo kang katulis tumrapPanjenengane, nanging bilai wong kang dadimargane Putraning Manungsa kaulungake.Luwih becik upama wong iku ora lair.” 25Yudas,kang bakal ngulungake Gusti Yesus, matur:

Page 125: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 26.26–30 124

“Rak sanes kawula, ta, Guru?” PangandikaneGusti Yesus: “Kowe wis ngarani!”

Bujana Suci kang kawitan

26:26-29Mk 14:22-25; Lk 22:15-20; 1Kr 11:23-25

26Nalika padha mangan, Gusti Yesusmundhut roti, lan sawise diberkahi, banjurdicuwil-cuwil sarta diparingake marang parasakabate, pangandikane: “Padha tampanana,panganen, iki badanKu.” 27Sawise mangkononuli mundhut tuwung lan sawise caos sokurbanjur diparingake marang para sakabate,pangandikane: “Padha ngombea kabeh ingtuwung iki. 28Sabab iki getihKu, getihingprajanjian kang kawutahake kanggo wongakeh, minangka pratandha pangapuraningdosa. 29Mung bae Aku pitutur marang kowe:Wiwit saiki Aku ora bakal ngombe manehpametuning wit anggur iki, nganti tumekadinane Aku ngombe kang anyar bebarengankaro kowe ana ing Kratoning RamaKu.”

Pangandika bab bakal buyare parasakabat lan anggone Petrusbakal nyelaki Gusti Yesus

26:30-35Mk 14:26-31; Lk 22:31-34; Yo 13:36-38

30Sawise padha ngrepekake kidung pamuji,banjur padha mangkat menyang ing gunungZaitun.

Page 126: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 26.31–38 12531Gusti Yesus banjur ngandika marang para

sakabat: “Ing bengi iki kowe kabeh bakalpadha kecuwan marga saka Aku. Sabab anatulisan kang surasane mangkene: Ingsun bakalnggebag juru pangon lan wedhus-wedhuse ingpepanthane bakal buyar. 32Nanging sawiseAku tangi, Aku bakal ndhisiki kowe kabehmenyang ing Galilea.” 33Petrus mangsuli,ature: “Sanadyan sadaya sami kecuwan margisaking Paduka, kawula babar pisan boten.”34Pangandikane Gusti Yesus marang Petrus:“Satemene Aku pitutur marang kowe: Bengiiki, sadurunge jago kluruk, kowe wis nyelakiAku kaping telu.” 35Atur wangsulane Petrus:“Sanadyan kawula ngantos pejah sesarengankaliyan Paduka, kawula boten badhe nyelakiPaduka.” Para sakabat liyane iya padha munjukmangkono.

Ana ing patamanan Getsemane

26:36-46Mk 14:32-42; Lk 22:39-46

36Tindake Gusti Yesus karo para sakabate wistekan ing panggonan kang aran Getsemane.Gusti Yesus banjur ngandika marang parasakabate:“Padha linggiha ing kene, Aku arepmrana ndedonga.” 37Panjenengane banjurtindak, Petrus lan anake Zebedheus loro padhakadhawuhan ndherek. Gusti Yesus banjur wiwitkraos sungkawa lan giris. 38Nuli ngandikamarang sakabate katelu mau: “AtiKu sedhihbanget, rasane kaya arep mati. Padha anaa ing

Page 127: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 26.39–46 126

kene, Aku rewangana melek.” 39Panjenenganebanjur tindak ora adoh saka ing kono, nulisujud lan ndedonga, ature:“Dhuh, Ramakawula, manawi pancen saged, mugi tuwungpunika sumingkir saking Kawula, nangingsampun ngantos kajeng Kawula, namungasakarsa Paduka.” 40Banjur murugi sakabattelu mau, padha ketemu turu. Panjenenganengandika marang Petrus: “Apa kowe orakuwat ngrewangi melek Aku sajam bae?41Padha meleka lan ndedongaa, supaya koweaja tumiba ing panggodha. Roh iku pancencumandhang, nanging daging iku ringkih.”42Banjur tindak maneh kang kaping pindhonelan ndedonga, ature: “Dhuh, Rama kawula,manawi tuwung punika boten saged sumingkir,kajawi kedah Kawula ombe, inggih sumanggaing sakarsa Paduka.” 43Nalika murugi parasakabate maneh, iya padha ketemu turu,sabab mripate mbliyut. 44Tumuli padha ditilarmaneh kaping telune lan ndedonga kaya singuwis. 45Sawise mangkono banjur murugipara sakabate lan ngandika:“Padha terusnaanggonmu turu saiki lan ngasoa. Lah wistekan ing titi mangsane Putraning Manungsakaulungake marang tamganing wong-wongdosa. 46Padha tangia, ayo padha lunga, kangngulungake Aku wis cedhak.”

Page 128: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 26.47–55 127

Gusti Yesus kecepeng

26:47-56Mk 14:43-50; Lk 22:47-53; Yo 18:1-11

47Nalika Gusti Yesus isih ngandika, Yudas,yaiku salah sawijining sakabat, teka kanthiwong sagolongan gedhe, kang padhasikep pedhang lan penthung, utusanepara pangareping imam lan pinituwaningbangsa Yahudi. 48Wong kang ngulungakePanjenengane wis aweh tandha marangwong-wong mau: “Wong sing dakcucup,yaiku wonge, cekelen!” 49Satekane banjurenggal-enggal, marepeki Gusti Yesus sartamatur: “Ngaturaken salam, Guru,” nuli nucup.50Nanging Gusti Yesus ngandika: “Heh, kanca,iku ta prelumu teka?” Wong-wong mau banjurpadha maju lan nyekel Gusti Yesus. 51 Ingkono ana sawijining pandhereke Gusti Yesus,kang gumrageh tangane ngunus pedhange,disabetake marang abdine Imam Agung,kupinge kaperung. 52Nanging pangandikaneGusti Yesus: “Pedhangmu warangkakna,awit wong kang olah pedhang, bakal tiwasdening pedhang. 53Apa pangiramu Akuora bisa nyuwun marang RamaKu, supayaPanjenengane enggal ngirimake malaekatluwih saka rolas bregada lan mbiyantu Aku?54Yen mangkono, kapriye pangandika kangtinulis ing Kitab Suci bisane kalakon, kangmratelakake, yen iki kudu kalakon mangkono?”55 Ing nalika iku Gusti Yesus ngandika marang

Page 129: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 26.56–62 128

wong akeh mau: “Rumangsamu Aku iki begal,dene anggonmu teka sikep gegaman pedhanglan penthung, arep nyekel Aku? Mangkasaben dina Aku linggih lan memulang anaing Padaleman Suci, kowe ora nyekel Aku.56Nanging kabeh-kabeh iki kalakon supayakayektenana kang tinulis ing kitabe paranabi.” Para sakabat banjur padha ninggalPanjenengane lan padha lumayu kabeh.

Gusti Yesus ana ing ngarepe pradata

26:57-68Mk 14:53-65; Lk 22:54-55, 63-71; Yo 18:12-14, 19-2457Gusti Yesus sawise kacepeng banjur

kairid menyang ing daleme Imam AgungKayafas. Para ahli Toret lan para pinituwawis padha nglumpuk ana ing kono. 58Petrusngetutake saka ing kadohan nganti tekaning plataraning Imam Agung, lan bareng wismlebu banjur linggih ing satengahe para abdi,arep nyumurupi karampunganing prakara.59Para pangareping imam, malah sapepake

pradata padha golek seksi palsu kang nglawanGusti Yesus, supaya Panjenengane bisakapatrapan paukuman pati, 60nanging ora bisaoleh, sanadyan akeh seksi palsu kang padhaseba. Wasana ana wong loro kang maju,61 lan matur: “Tiyang punika nate cariyos:Aku bisa mbubrah Padalemane Allah lanbisa mbangun maneh sajroning telung dina.”62 Imam Agung banjur jumeneng lan ngandikamarang Gusti Yesus: “Apa kowe ora mangsuli

Page 130: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 26.63–70 129

apa-apa tumrap pandakwane seksi-seksi iki?”63Nanging Gusti Yesus kendel bae. ImamAgung banjur ngandika maneh: “Demi Allahkang gesang, kandhaa marang aku kabeh,Kowe iku apa Sang Kristus, Putraning Allah,apa dudu?” 64Paring wangsulane Gusti Yesus:“Kowe wis ngarani. Nanging Aku kandhamarang kowe kabeh: Wiwit saiki kowe bakalndeleng Putraning Manungsa lenggah ingsatengene Kang Maha Kuwasa lan rawuh nitihmeganing langit.” 65 Ing kono Imam Agungnyuwek pangagemane lan ngandika: “Wongiki nyenyamah Allah. Apa prelune nganggoseksi? Sapunika panjenengan sadaya sampunmireng anggenipun nyenyamah. 66Kadospundipanimbang panjenengan?” Kabeh padhamangsuli: “Tiyang punika kedah kaukumpejah.”67Banjur padha ngidoni pasuryane lan

ngantemi; ana maneh kang napuki 68kanthingucap: “Heh, Kristus, coba kandhaknamarang aku kabeh, sapa kang napuk kowe?”

Petrus nyelaki Gusti Yesus

26:69-75Mk 14:66-72; Lk 22:56-62; Yo 18:15-18, 25-27

69Nalika samana Petrus linggih ana ing jaba,ana ing plataran. Banjur ana sawijining abdiwadon kang nyedhaki lan alok: “Sampeyannggih tumut kalih Yesus, tiyang Galilea niku!”70Nanging Petrus selak ana ing ngarepe wongkabeh, wangsulane: “Kula boten ngreti kajeng

Page 131: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 26.71–27.3 130

sampeyan niku.” 71Bareng dheweke menyanging regol, ana abdi liyane kang weruh, banjurkandha karo wong-wong kang ana ing kono:“Wong iki golongane Yesus, wong Nasaretiku.” 72Nanging Petrus selak maneh kanthisumpah: “Kula boten wanuh kalih tiyang niku.”73Ora let suwe wong-wong sing ana konopadha nyedhaki Petrus lan calathu: “Koweiku mesthi iya golongane wong iku, iki wiskatara saka basamu.” 74Petrus banjur wiwitnyupatani awake dhewe lan sumpah: “Kulaboten wanuh kalih tiyang niku.” Nalika ikubanjur ana jago kluruk. 75Petrus nuli kelinganpangandikane Gusti Yesus marang dheweke: “Sadurunge jago kluruk, kowe wis nyelaki Akuping telu.” Banjur metu menyang ing jaba,nangis kelara-lara.

Gusti Yesus kapasrahakemarang wali-nagara.

Yudas mati nggantung

27:1-10

271Bareng wis esuk, kabeh pangarepingimam lan pinituwaning bangsa Yahudi

padha nglumpuk lan mutus, Gusti Yesuskapatrapan paukuman pati. 2Gusti Yesusbanjur kabesta kaladosake marang SangWali-Nagara Pilatus.3Nalika Yudas, kang ngulungake Gusti

Yesus, sumurup, yen Panjenengane bakalkasedanan, banjur kaduwung, dhuwit telung

Page 132: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 27.4–11 131

puluh sekel salaka kabalekake marang parapangareping imam lan pinituwa 4kalawanmatur:“ Kula damel dosa, jalaran ngulungakenrahipun tiyang ingkang boten lepat.” Nangingwangsulane wong-wong mau: “Preduli apa, ikuprakaramu dhewe!” 5Dhuwit banjur diuncalakedening Yudas menyang sajroning PadalemanSuci, nuli lunga saka kono lan mati nggantung.6Para pangareping imam padha njupukidhuwit mau lan padha calathu:“Dhuwit iki orakena kalebokake ing pethi pisusung, sababiki dhuwit getih.” 7Sawise padha rembugan,dhuwit mau ditukokake palemahaning kundhi,kagawe pakuburaning wong manca. 8Mulanepalemahan mau saprene diarani: palemahangetih. 9Marga saka iku dadi wis kalakonpangandika kang kalantarake dening NabiYeremia: “Padha nampani dhuwit telungpuluh sekel salaka, yaiku pangajine kang wiskatetepake kanggo wong siji, manut patrapngregani kang wis kaprah ana ing satengahingbangsa Israel, 10 lan dhuwit mau banjurkatukokake palemahaning kundhi, kaya kangdadi dhawuhing Pangeran marang aku.”

Gusti Yesus ana ing ngarsane Sang Pilatus

27:11-26Mk 15:1-15; Lk 23:1-5, 13-25; Yo 18:33--19:16

11Gusti Yesus banjur kairid marang ngarsanewali-nagara, nuli kadangu dening wali-nagara:“Punapa Panjenengan ratunipun tiyang

Page 133: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 27.12–20 132

Yahudi?” Gusti Yesus ngandika: “Panjenengansampun mastani.”12Nanging tumrap pandakwa, kang

kaajokake dening para pangareping imamlan para pinituwa, Gusti Yesus ora paringwangsulan apa-apa. 13Sang Pilatus ngandikamaneh: “Punapa Panjenengan botenmirengaken gigatanipun para seksi ingkangsamanten kathahipun punika?”14Gusti Yesus ora paring wangsulan babar

pisan, njalari gumune wali-nagara.15Wis dadi adat kalumrahan Sang Wali-

Nagara, saben riyaya mangkono, ngluwariwong ukuman siji, kang dipilih dening wongakeh. 16 Ing nalika iku ing pakunjaran anawong ukuman siji sing wis kajuwara pialane,jenenge Barabas. 17Sarehne wong-wong wispadha nglumpuk ana ing kono, Sang Pilatusngandika marang wong-wong mau: “sapasing kokkarepake dakluwari, Barabas apaYesus kang kasebut Kristus?” 18Panjenenganepancen wis mirsa, yen anggone masrahakeGusti Yesus iku marga saka drengkine.19Nalika Sang Pilatus lagi lenggah ingkursi pangadilan, garwane utusan matur:“Sampun ngantos panjenengan tumut-tumuting prakawisipun tiyang mursid punika,sabab margi saking Panjenenganipun punikasalebeting ngimpi kala wau dalu, kulangraosaken sisah.”20Nanging marga saka pangojok-ojoke para

pangareping imam lan para pinituwa, wongakeh padha nekad nyuwun supaya Barabas

Page 134: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 27.21–28 133

diluwari lan Gusti Yesus disedani. 21SangWali-Nagara paring wangsulan lan ngandika:“Wong loro iku sing endi sing kokkarepakedakluwari?” Ature wong-wong mau: “Barabas.”22Sang Pilatus ndangu maneh: “Yenmangkono Yesus kang kasebut Kristus ikikarepmu dakkapakake?” Wong-wong padhamatur saur manuk: “Kedah dipun salib!”23Pandangune maneh:“Nanging apa

kaluputane?” Ewasamono wong-wong mausaya sora anggone bengok-bengok: “Kasaliba!”24Bareng Sang Pilatus uninga, yen sakabehingpambudidaya bakal tanpa guna, malah wiswiwit kisruh kaanane, panjenengane banjurwijik asta ana ing sangareping wong akehmau lan ngandika: “Aku ora kaluputan tumrapgetihe wong iki; iku prakaramu dhewe!”25Nanging wong kabeh padha matur: “Rahipundhumawaha ing kawula dalah saanak-anakkawula.” 26Sang Pilatus banjur nuruti karepingwong akeh, Barabas diluwari; dene Gusti Yesussawise kasapu banjur kapasrahake supayadisalib.

Gusti Yesus kagawe sawenang-wenang

27:27-31Mk 15:16-20; Yo 19:2-3

27Para prajurite Sang Wali-Nagara banjurngirid Gusti Yesus mlebu menyang inggedhong pangadilan, lan prajurit sagolongankabeh padha diklumpukake, ngepung GustiYesus. 28Pangagemane Gusti Yesus disantuni

Page 135: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 27.29–38 134

jubah wungu, 29 sarta wong-wong banjurgawe rerekan makutha eri, nuli ditrapake ingmustakane, astane tengen dicaosi lantaranglagah. Sawise mangkono wong-wong padhajengkeng ana ing ngarsane lan kanthi ngecepangucape: “Ngaturaken sugeng, dhuhRatunipun tiyang Yahudi!” 30Banjur padhangidoni, lantaran karebut kagebagake ingmustakane. 31Sawise dipoyoki, pangagemanejubah disantuni pangagemane piyambakmaneh, banjur kairid metu arep disalib.

Gusti Yesus kasalib

27:32-44Mk 15:21-32; Lk 23:26, 33-43; Yo 19:17-24

32Nalika padha lumaku metu menyangnjaban kutha, kapethuk wong saka ing kuthaKirene, jenenge Simon. Iku kapeksa manggulsalibe Gusti Yesus.33Lakune banjur wis tekan ing panggonan

kang aran Golgota, tegese pacumplungan.34Gusti Yesus nuli dicaosi ngunjuk anggurcampur rempelu. Bareng wis diicipi, ora karsangunjuk. 35Sawise kasalib, pangagemanedibage-bage sarana kaundhi. 36Wong-wongbanjur linggih, njaga Gusti Yesus. 37 Ingsandhuwure mustakane kapasangan tulisan,kang mratelakake sababe kaukum, unine: “IkiYesus ratune wong Yahudi.”38Nalika samana ana begal loro kang sinalib

bebarengan karo Gusti Yesus, siji ana ingtengen, sijine ana ing kiwa.

Page 136: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 27.39–48 13539Wong-wong sing padha liwat ing kono,

padha ngala-ala Panjenengane, padhagedheg-gedheg 40karo muni: “Heh, kowe, singarep mbubrah Padaleman Suci lan mbangunmaneh sajroning telung dina, coba awakmudhewe luwarana. Manawa kowe PutraningAllah, mudhuna saka ing salib!” 41Mangkonouga para pangareping imam, para ahli Toretlan para pinituwa, padha bebarengan moyoki,unine: 42 “Bisa nulungi wong liya, kok ora bisanulungi awake dhewe! Iku Ratu Israel? Cikbenmudhun saka ing salib, banjur aku kabehbakal pracaya. 43Dheweke kumandel marangAllah, cikben dipitulungi Gusti Allah, manawapancen dadi keparenge. Rak wis kandhangene: Aku iku Putraning Allah.” 44Dalasanbegal-begal kang bareng disalib iya ngala-alaPanjenengane mangkono.

Gusti Yesus seda

27:45-56Mk 15:33-41; Lk 23:44-49; Yo 19:28-30

45Wiwit jam rolas nganti tumeka jamtelu ana pagowong kang nglimputi satanahkabeh. 46Kira-kira jam telu Gusti Yesusnguwuh-uwuh kanthi sora: “Eli, Eli, lamasabakhtani?” Tegese: Dhuh Allah Kawula,Allah Kawula, punapaa dene Kawula Padukategakaken? 47Krungu kang mangkono ikuwong sawatara kang padha ngadeg anaing kono padha ngucap: “Elo, Dhewekengundang Elia.” 48Nuli ana wong siji kang

Page 137: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 27.49–56 136

enggal-enggal mrono, banjur njupuk jamurkarang kacelupake ing anggur kecut, digaraniglagah lan dicaosake Gusti Yesus supayakaunjuk. 49Nanging wong-wong liyane padhangucap: “Aja, aku arep padha weruh, apa NabiElia rawuh ngluwari Dheweke.” 50Gusti Yesusbanjur nguwuh-uwuh maneh kanthi sora, nulimasrahake nyawane.51 Ing kono gubahe Padaleman Suci suwek

dadi loro wiwit saka ing dhuwur nganti tekanngisor, lan ana lindhu, sarta gunung-gunungkarang padha bengkah 52apadene kuburan-kuburan padha menga, lan akeh wong sucikang wis padha mati, padha urip maneh. 53Lansawise Gusti Yesus wungu, wong-wong maupadha metu saka ing kubur, banjur lumebu ingkutha suci lan ngaton marang wong akeh.54Panggedhening prajurit dalah para

wadyabalane sing padha njaga Gusti Yesus,bareng weruh lindhu lan apa kang wis kalakon,padha wedi, lan padha calathu mangkene:“Sanyata Panjenengane iku Putraning Allah.”55 Ing kono ana wong wadon akeh kang

padha nyawang saka ing kadohan, yaikuwong-wong wadon kang padha ndherekakeGusti Yesus saka ing Galilea prelu ngladosiPanjenengane, 56kayata: Maryam Magdalena,lan Maryam ibune Yakobus lan Yusuf, lan ibuneanak-anake Zebedheus.

Page 138: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 27.57–64 137

Gusti Yesus kasarekake

27:57-61Mk 15:42-47; Lk 23:50-56; Yo 19:38-42

57Bareng sore ana wong sugih saka ingkutha Arimatea, jenenge Yusuf, kang uga wisdadi siswane Gusti Yesus, 58 seba marang ingngarsane Sang Pilatus nyuwun layone GustiYesus. Sang Pilatus banjur dhawuh masrahakemarang wong mau. 59Layon tinampa deningYusuf, nuli diulesi nganggo mori putih kangresik, 60banjur kasarekake ing pakuburanedhewe kang anyar, kang digawe ing sajroninggumuk karang, lan sawise ngglundungakewatu gedhe ing lawanging pasarean mau, nulimulih.61Nanging Maryam Magdalena lan Maryam

sijine padha ana ing kono padha linggih ingngareping pasarean.

Pasarean Gusti Yesus kajaga

27:62-6662Esuke, yaiku sawise dina pacawisan, para

pangareping imam lan para Farisi padhabebarengan sowan menyang ing ngarsaneSang Pilatus 63 lan padha matur: “Tuwan,kula sami kengetan, bilih juru panasaranpunika nalika taksih gesang, cariyos makaten:Sawise telung dina Aku bakal tangi. 64Awitsaking punika, karsaa ndhawuhaken, supadoskuburipun kajagi ngantos dumugi tigang

Page 139: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 27.65–28.6 138

dintenipun; manawi boten, saged ugipara sakabatipun lajeng dhateng nyolongPiyambakipun, nunten cariyos dhatengtiyang kathah: Piyambakipun sampun tangisaking antawisipun tiyang pejah, satemahpanasaran ingkang kantun badhe langkungawon langkung awon tinimbang ingkangrumiyin.” 65Pangandikane Sang Pilatusmarang wong-wong mau: “Prajurit-prajuritiki gawenen, wis mangkata, pakuburanejaganen sing becik.” 66Saundure banjur padhanganakake panjagan lan nyegel watu tutupingpasarean kabantu dening para prajurit mau.

Wungune Gusti Yesus

28:1-10Mk 16:1-8; Lk 24:1-12; Yo 20:1-10

281Bareng dina Sabat wis kliwat,ing wayah bangun esuk, ing dina

kapisan ing minggu iku, Maryam Magdalenakaro Maryam sijine padha lunga nilikipasarean. 2Banjur ana lindhu gedhe, awitana malaekating Pangeran kang tumedhaksaka ing langit nyelak lan ngglundhungakewatune, nuli dilenggahi. 3Pasuryane katonkaya kilat, pangagemane putih kaya salju.4Sing padha jaga gumeter wedi banget ngantikaya wong mati. 5Ananging malaekat maungandika marang wong-wong wadon mau:“Kowe aja padha wedi, sabab aku ngreti, kowepadha nggoleki Gusti Yesus kang disalib iku.6Panjenengane ora ana ing kene, awit wis

Page 140: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 28.7–12 139

wungu, kaya kang wis dipangandikakake.Padha mrenea, delengen panggonan kangmentas kagem sumare. 7Mulane padhaendang balia lan kandhaa marang parasakabate, yen Panjenengane wis wungusaka ing antarane wong mati lan ndhisikilakumu menyang Galilea. Kowe bakal padhandeleng Panjenengane ana ing kana. Yaikupawartaku marang kowe kabeh.” 8Wong-wongmau banjur enggal-enggal mangkat saka ingpasarean kanthi rasa wedi lan bungah banget,sarta enggal-enggal padha lumaku rerikatanmarani sakabat prelu menehi pawarta babmau. 9Dumadakan Gusti Yesus methukakelakune lan ngandika: “Bagea!” banjur padhamarek, nyungkemi sampeyane lan sujud.10Gusti Yesus tumuli ngandika: “Aja padhawedi. Padha balia, sadulur-sadulurKu padhakandhanana, supaya padha menyang ingGalilea, ana ing kana bakal padha ndelengAku.”

Wong sing jaga padha dibeseli

28:11-1511Nalika wong-wong mau lagi padha ana

ing dalan, ana wong sawatara kang mentasjaga kang padha menyang ing kutha, ngaturiuninga marang para pangareping imam, babapa kang mentas kalakon mau kabeh. 12Parapangareping imam mau sawise pirembagabkaro pinituwa, banjur padha gawe putusan,para prajurit kang jaga padha diwenehi dhuwit

Page 141: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MATEUS 28.13–20 140

akeh 13 lan padha diweling: “Kowe padhamartak-martakna, yen ing wayah bengi parasakabate padha teka nyolong layone, nalikakowe kabeh lagi padha turu. 14Manawa babiki kaprungu dening wali-nagara, aku kangbakal padha matur marang panjenengane,supaya aja nganti ndadekake kasusahanmu.”15Para prajurit banjur padha nampani dhuwitelan nindakake apa kang wis kadhawuhake.Carita mangkono iku banjur sumebar ana ingsatengahe wong-wong Yahudi nganti saprene.

Dhawuh supaya padha ngabarake Injil

28:16-2016Para sakabat sawelas nuli padha mangkat

menyang Galilea, menyang ing gunung kangwis kapangandikakake dening Gusti Yesus.17Bareng padha ndeleng Panjenengane banjurpadha sujud, nanging ana sawatara kang isihmangu-mangu. 18Gusti Yesus banjur nyelakilan dhawuh mangkene: “Aku wis kaparingansakabehing panguwasa ing swarga lan ingbumi. 19Mulane padha lungaa, sakabehingbangsa padha dadekna siswaKu, lan padhabaptisen ing asmane Sang Rama, Sang Putralan Sang Roh Suci, 20apadene padha wulangenbab apa kang wis Dakdhawuhake marangkowe kabeh. Lah, Aku tansah nunggal karokowe, nganti tumeka ing wekasaning jaman.”

Page 142: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS

Nabi Yokanan Pambaptis

1:1-8Mt 3:1-6, 11-12 Lk 3:3-6, 15-17 Yo 1:19-28

11 Iki wiwitane Injile Gusti Yesus Kristus,Putraning Allah. 2Kaya kang wis katulisan

ing kitabe Nabi Yesaya:“Lah, Ingsun dhawuh marang utusaningSun,

supaya ndhisiki Sira, iku bakal nyawisakedalanira;

3ana swaraning wong kang nguwuh-uwuhana ing ara-ara samun:

Padha nyawisna margining Pangeran,lencengna lurung-lurunge.”4Kaya mangkono anggone Nabi Yokanan

Pambaptis rawuh ing ara-ara samun lannguwuh-uwuh: “Padha mratobata lan padhakabaptisa, temah Gusti Allah bakal ngapuradosamu.” 5Wong-wong saka ing wewengkonYudea lan kabeh kang manggon ing kuthaYerusalem, padha mrono sarta padha dibaptisikalawan ngakoni sakehing dosane, ana ingbengawan Yarden. 6Nabi Yokanan ngagemjubah wulu unta lan paningset walulang, denekang kadhahar walang karo madu alas. 7Yaikukang kawartakake mangkene: “Sawise akubakal rawuh kang panguwaose ngluwihi aku.Bok tumungkul nguculi taline sepatune bae

Page 143: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 1.8–13 2

aku ora pantes. 8Aku mbaptis kowe nganggobanyu, nanging Panjenengane bakal mbaptiskowe kalawan Roh Suci.”

Gusti Yesus kabaptis dening Nabi Yokanan

1:9-11Mt 3:13-17 Lk 3:21-22 Yo 1:32-34

9Nalika samana Gusti Yesus rawuh sakaing kutha Nasaret ing tanah Galilea, lanbanjur dibaptis dening Nabi Yokanan ana ingbengawan Yarden. 10Bareng Panjenenganementas saka ing banyu, banjur mirsa langitpiyak, sarta Roh apindha manuk daratumedhak ing Panjenengane. 11Nuli ana swarasaka ing swarga kang kaprungu mangkene:“Sira iku Putra kang Suntresnani, kang dadikaparenging panggalihingSun.”

Gusti Yesus kagodha dening Iblis

1:12-13Mt 4:1-11 Lk 4:1-13

12Sawise iku Gusti Yesus dumadakankatuntun dening Roh menyang ing ara-arasamun. 13Ana ing kono suwene patang puluhdina, kagodha dening Iblis, Panjenenganelereb ana ing satengahing sato alas, sartadiladosi dening para malaekat.

Page 144: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 1.14–20 3

Gusti Yesus nggelarakeInjil ana ing Galilea

1:14-15Mt 4:12-17 Luk 4:14-15

14Barang Nabi Yokanan wis kacepeng, GustiYesus rawuh ing tanah Galilea, nggelarakeInjiling Allah, 15pangandikane: “Iki wis tekaning titimangsane; Kratoning Allah wus cedhak.Padha mratobata, lan pracayaa marang Injil!”

Gusti Yesus wiwit angsal sakabat

1:16-20Mt 4:18-22 Lk 5:1-11

16Nalika Gusti Yesus tindak ana ing urutpinggire sagara Galilea, mirsa Simon karoAndreas sadulure Simon, lagi padha nibakakejala ing sagara, amarga padha dadi tukanggolek iwak. 17Banjur padha didhawuhi GustiYesus mangkene: “Ayo, padha melua Aku,kowe bakal Dakdadekake tukang golekuwong.” 18Sakarone nuli enggal-enggalninggal jalane lan ndherekake Panjenengane.19Bareng nglajengake tindake sawatara, GustiYesus mirsa Yakobus anake Zebedheus lanYokanan sadulure lagi ana ing prau ndandanijalane. 20Sakarone nuli enggal padha ditimbalidening Gusti Yesus, lan iya banjur padhaninggal Zebedheus, bapakne, ana ing praukaro para buruhe, lan banjur ndherekakePanjenengane.

Page 145: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 1.21–28 4

Gusti Yesus rawuh ing Kapernaum lannyarasake wong kasurupan

1:21-28Lk 4:31-37

21Kacarita lakune wis padha tekan ingkutha Kapernaum. Bareng dina Sabat, GustiYesus banjur tindak lumebet ing papanpangibadah lan memulang. 22Wong-wongpadha kaeraman ngrungokake piwulange,amarga anggone paring piwulang iku kayakang kagungan panguwaos, ora kaya para ahliToret. 23Nalika samana ing papan pangibadahkono ana wong kang kapanjingan dhemit,kang nguwuh-uwuh: 24 “Paduka tumut-tumutpunapa kaliyan kawula, dhuh Gusti Yesussaking Nasaret? Rawuh Paduka punapa badhenyirnakaken kawula? Kawula mangretosPaduka punika sinten: Ingkang asipat suci,kagunganipun Allah.” 25Nanging banjurdidukani dening Gusti Yesus, pangandikane,“Meneng, metua saka wong iku!” 26Wong kankapanjingan banjur kececengan marga sakapanggawene dhemit mau lan jerit-jerit nulimetu saka wong mau. 27Kabeh wong padhasumlengeren, nganti padha takon-tinakon,“Apa ta iki? Piwulang anyar kagiyarake kanthipanguwasa. Dalah dhemit-dhemit diprentahiya padha nurut.” 28Pawarta bab Panjenenganeiki banjur enggal sumebar tekan ngendi-endiana ing wewengkon Galilea.

Page 146: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 1.29–35 5

Gusti Yesus nyarasake ibune maratuwaPetrus lan wong-wong liyane

1:29-34Mt 8:14-17 Lk 4:38-41

29Sawise saka ing papan pangibadahbanjur padha menyang ing omahe Simon lanAndreas, karo Yakobus lan Yokanan. 30 Ibunemaratuwa Simon ngaleleh ing paturon, jalaranlara panastis. Gusti Yesus banjur diaturiuninga bab larane iku. 31Kang lara banjurdirawuhi, tangane diasta lan ditangekake.Padha sanalika ilang lelarane, banjur ngladenitamu-tamune. 32Bareng sore, sasurupingsrengenge, wong-wong kang lara lan kangkasurupan dhemit, padha disowanake kabehmarang ngarsane Gusti Yesus. 33Wong sakuthakabeh padha kumrubut ana ing ngarep lawang.34Gusti Yesus banjur nyarasake wong-wongkang padha nandhang lelara warna-warna lannundhungi dhemit akeh. Dhemit-dhemit ikuora diparengake calathu, jalaran wis padhangreti marang Panjenengane.

Gusti Yesus memulang anaing kutha-kutha liyane

1:35-39Lk 4:42-44

35Bareng bangun esuk, nalika isih peteng,Gusti Yesus wungu lan banjur miyos, tumulitindak menyang panggonan kang sepi

Page 147: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 1.36–45 6

lan ndedonga ana ing kono. 36Simon lankanca-kancane iya banjur nusul. 37Barang wisketemu, padha matur: “Sadaya sami madosiPaduka.” 38Paring wangsulane, “Ayo padhamenyang panggonan liyane, menyang ingkutha-kutha sing cedhak, Aku arep nggelarakeInjil mrono uga, amarga iya iku preluneanggonKu teka.” 39Panjenengane banjurndlajahi tanah Galilea kabeh lan nggelarakeInjil ana ing papan-papan pangibadah ingkono sarta nundhungi dhemit.

Wong lara budhugen kawarasake

1:40-45Mt 8:1-4 Lk 5:12-16

40Tumuli ana wong lara budhugen sowan ingngarsane Gusti Yesus, banjur jengkeng sartanyuwun tulung marang Panjenengane, ature:“Manawi Paduka karsa, tamtu saged mbiratnajis kawula.” 41Gusti Yesus trenyuh ing galihmarga saka welas, banjur mulung astane,ndemek marang wong mau sarta ngandika:“Aku karsa, birata najismu!” 42Sanalika iku ugailang lelarane budhug temah wis birat najise.43Wong mau banjur enggal kadhawuhan lungakanthi kaweling wanti-wanti: 44 “Poma, koweaja pisan-pisan kandha-kandha bab iki marangsapa bae, nanging lungaa, awakmu tuduhnamarang imam, sarta caosna pisungsungbirating najismu, kaya kang wis kadhawuhakedening Nabi Musa, minangka paseksi marangwong kabeh.” 45Ewadene wong mau saundure

Page 148: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 2.1–7 7

banjur martak-martakake lelakon mau,disuwurake menyang ing ngendi-endi,satemah Gusti Yesus ora bisa kanthi ngedhenglumebet ing kutha. Panjenengane lereb anaing jaba, ana ing panggonan-panggonan kangsepi, naning wong-wong saka ngendi-endi iyameksa padha sowan menyang ing ngarsane.

Wong lumpuh kawarasake

2:1-12Mt 9:1-8 Lk 5:17-26

21Let sawatara dina, bareng Gusti Yesuswis rawuh maneh ana ing Kapernaum,

pawartane enggal sumebar, yen Panjenenganeana ing dalem. 2Mulane banjur akehwong kang padha kumrubut mrono, ngantikekurangan papan, malah ing ngarep lawangiya wis ora ana panggonan. Gusti Yesus banjurmedhar pangandika marang wong-wong mau.3Tumuli ana wong-wong kang nyowanakewong lumpuh, digotong wong papat. 4Nangingora bisa tekan ing ngarsane, marga sakaakehe wong, mulane banjur mbukak payon ingsanginggile Gusti Yesus; sawuse mangkonokasur kang dituroni wong lumpuh mau nulidiudhunake. 5Bareng Gusti Yesus nguninganipangandele wong-wong mau, banjur ngandikamarang kang lumpuh: “He, ngger, dosanmuwis kaapura!” 6Nanging ing kono iya anaahli Toret sawatara, iku padha nggagas:7 “Yagene wong iku kok muni mangkono?Iku rak nyenyamah Gusti Allah. Sapa kang

Page 149: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 2.8–14 8

wenang ngapura dosa kajaba mung Gusti Allahpiyambak?” 8Nanging Gusti Yesus sajroningpanggalih mirsa marang gagasane wong-wongmau kang mangkono iku, banjur padhadipangandikani: “Kapriye dene kowe padhaduwe gagasan mangkono sajroning atimu?9Endi kang luwih gampang, kandha karo wonglumpuh iku: Dosamu wis diapura, apa kandha:Tangia, paturonmu angkaten lan lumakua.10Nanging supaya kowe padha mangreti,yen Putraning Manungsa ana ing donya ikiduwe panguwasa ngapura dosa,” -- banjurngandika marang kang lumpuh: -- 11 “Akukandha marang kowe, tangia, paturonmuangkaten lan muliha!” 12Padha sanalika wongmau banjur tangi, paturone diangkat nulilunga metu saka ing ngarepane wong-wongmau, temahan wong kabeh padha kaeramanlan banjur ngluhurake Gusti Allah, pangucape:“Kaya mangkene iki aku durung tau tumon.”

Gusti Yesus nimbali Lewi, juru-mupu-beya

2:13-17Mt 9:9-13 Lk 5:27-32

13Sawise iku Gusti Yesus tindak menyanging pinggiring sagara maneh; akeh wongkang padha sowan marang ing ngarsane,banjur padha diparingi piwulang. 14Wasananalika panjenengane langkung ing kono, mirsaLewi anake Alfeus linggih ana ing pabeyan,banjur dipangandikani: “Melua Aku!” Lewitumuli ngadeg ndherekake Panjenengane.

Page 150: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 2.15–19 915Kacarita nalika Gusti Yesus dhahar anaing omahe wong mau, akeh juru-mupu-beyalan wong dosa kang padha ndherek dhaharPanjenengane bebarengan karo para sakabat,amarga akeh wong kang padha ndherekaketindake. 16Nalika para ahli Toret saka golonganfarisi nyumurupi anggone Gusti Yesus Dhaharbebarengan karo juru-mupu-beya lan wongdosa iku, bajur padha kandha marang parasakabat: “Yagene iku kok mangan bebarengankaro juru-mupu-beya lan wong dosa?” 17GustiYesus mireng, lan banjur ngandika marangwong-wong mau: “Kang butuh dhukun ikududu wong waras, nanging wong lara. TekaKuiki ora arep ngundang wong sampurna,nanging wong dosa.”

Bab pasa

2:18-22Mt 9:14-17 Lk 5:33-39

18 Ing sawijining dina, nalika para sakabateNabi Yokanan Pambaptis lan para muridewong-wong Farisi lagi padha pasa, anawong-wong kang sowan ing ngarsane GustiYesus sarta matur: “Punapa sababipun denepara sakabatipun Nabi Yokanan kaliyanmurid-muridipun tiyang Farisi sami siyam,sakabat panjenengan kok boten?” 19Paringwangsulane Gusti Yesus marang wong-wongmau: “Apa bisa para mitraning pangantenlanang pasa, nalika mantene isih ana ing kono?Sasuwene panganten isih ana, wong-wong

Page 151: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 2.20–26 10

ora bisa pasa. 20Nanging bakal tumeka ingtiti-mangsane, panganten mau bakal kapethalsaka ing wong-wong mau, ing kono banjurbakal padha pasa. 21Ora ana wong kangnambal sandhangan lawas nganggo suwekananyar, awit manawa mangkono suwekanekang anyar mau bakal nyuwekake, kanganyar nyuwekake kang lawas, temahan sayaamba suweke. 22Mangkono uga ora anawong kang ngisekake anggur anyar ing impeslawas, amarga yen mangkono anggure bakalngamohake impes mau, satemah anggure lanimpese loro-lorone bakal tanpa guna. Mulaneanggur anyar kudune diwadhahi ing impesanyar.”

Gusti Yesus iya Gustine dina Sabat

2:23-28Mt 12:1-8 Lk 6:1-5

23 Ing sawijining dina, pinuju dina Sabat,Gusti Yesus tindak nglangkungi pategalangandum lan sajrone mangkono iku parasakabate padha nyethuti wewulen gandum.24Wong-wong Farisi banjur padha maturmarang Panjenengane: “Kula aturi mirsani.Punapaa tiyang-tiyang punika sami nindakakenpunapa ingkang dados awisan tumrap ingdinten Sabat?” 25Paring wangsulane GustiYesus: “Apa kowe durung tau maca apakang ditindakake dening Senapati Dawud,nalika karo para pandhereke padha nandhangkakurangan lan kaluwen, 26yaiku anggone

Page 152: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 2.27–3.6 11

banjur lumebu ing Padalemaning Allah, nalikaAbyatar dadi Imam Agung, nuli dhahar roticecaosan -- kang ora kena dipangan deningwong liyane kajaba dening para imam -- lanpara pandhereke iya banjur padha diparingiuga?” 27Banjur ngandika maneh: “DinaSabat iku dianakake kanggo manungsa, orakok manungsa kanggo dina Sabat, 28dadiPutraning Manungsa iku uga Gustine dinaSabat.”

Wong ceko kawarasake ing dina Sabat

3:1-6Mt 12:9-14 Lk 6:6-11

31Sawuse iku Gusti Yesus rawuh ing papanpangibadah maneh. Ing kono ana wong

kang tangane ceko sasisih. 2Wong-wongpadha ngulatake, apa bakal marasake wongiku ing dina Sabat, supaya anaa dhadhakankanggo nglapurake Panjenengane. 3GustiYesus banjur ngandika marang wong kangceko, “Mara, ngadega ing tengah kene!” 4Nulingandika marang wong-wong mau: “Apakang diparengake ing dina Sabat, tumindakbecik apa tumindak ala, nylametake wongapa mateni wong?” Nanging kabeh padhameneng bae. 5Gusti sungkawa panggalihenguningani wangkoting atine wong-wong iku,banjur padha dipirsani mubeng kalawan duka,nuli dhawuh marang kang ceko: “Jejegnatanganmu!” Tangane banjur diathungake, wismari. 6Para wong Farisi padha metu lan banjur

Page 153: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 3.7–12 12

sakuthon karo wong Herodhiani sumedyanyedani Panjenengane.

Wong pirang-pirang padha kawaluyakake

3:7-127Gusti Yesus dalah para sakabate banjur

sumingkir menyang ing sagara, akeh wongsaka Galilea kang padha ndherekake. Ugasaka ing Yudea 8 saka ing Yerusalem, saka ingtanah Idumea, saka ing sabrange bengawanYarden, apadene saka ing tlatahe Tirus lanSidon iya akeh kang padha sowan, awit wispadha krungu bab apa kang katindakakedening Panjenengane kabeh. 9Gusti Yesusbanjur dhawuh marang para sakabatenyadhiyakake prau kagem Panjenengane,amarga saka akehe wong ing kono, dadisupaya Panjenengane aja nganti kadhesek-dhesek. 10Mulane mangkono, awit wis akehwong kang diwarasake, satemah wong kangpadha nandhang lelara padha suk-sukan mauarep ndemek Panjenengane. 11Para dhemitkang padha ndeleng Panjenengane, padhasujud ana ing ngarsane karo bengok-bengkok,“Paduka punika Putranipun Allah!” 12nangingpadha dilarang wanti-wanti, ora diparengakemartakake bab sapa ta Panjenengane iku.

Page 154: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 3.13–22 13

Gusti Yesus miji rasul rolas

3:13-19Mt 10:1-4 Lk 6:12-16

13Sawise iku Gusti Yesus tumuli minggahing gunung sarta nimbali sapa wong kangdikarsakake lan iya banjur padha sowaning ngarsane. 14Ana rolas kang ditetepakedadi kanthine, kang kautus nggelarake Injil15 sarta kang diparingi panguwasa nundhungsetan. 16Wong rolas kang kapiji iku yaiku:Simon, kang banjur kaparingan jenengPetrus, 17Yakobus, anake Zebedheus, lanYokanan sadulure Yakobus, kang karonebanjur kaparingan jeneng Boanerges, kangtegese anak gludhug, 18nuli Andreas, Filipus,Bartolomeus, Mateus, Tomas, Yakobusanake Alfeus, Tadheus, Simon wong Zelot,19 lan Yudas Iskariot, kang ngulungakePanjenengane.

Gusti Yesus lan Beelzebul

3:20-30Mt 12:22-32 Lk 11:14-23

20Gusti Yesus tumuli lumebet ing sawijiningomah, banjur ana wong akeh kang padhasowan maneh, padha kumrubut, ngantimangan bae padha ora bisa. 21Barengkulawangsane padha krungu, banjur padhateka arep nyekel Panjenengane, amarga padhangarani Panjenengane gerah gingsir. 22Dene

Page 155: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 3.23–30 14

para ahli Toret kang teka saka Yerusalem padhapratela: “Dheweke kapanjingan Beelzebul, lannundhungi setan demi panggedhening setan.”23Wong-wong mau banjur padha katimbalanlan dipangandikani kanthi pasemon: “Kapriye,apa setan bisa nundhung setan? 24Manawaana karajan, kang kawulane padha crah,karajan mau ora bisa tulus 25 lan manawa anabrayat, kang wargane padha crah, brayat ikuora bisa lestari. 26Mangkono uga manawaIblis brontak nglawan awake dhewe lanmanawa dheweke kabage-bage, ora bakalbisa lestari, nanging mesthi malah wis tekaning wekasane. 27Ora ana wong kang bisalumebu omahe wong rosa lan njarah rayahbarang darbeke, manawa wong kang rosamau ora ditalikung dhisik. Sawise mangkonolagi bisa njarah rayah omahe. 28Aku pituturmarang kowe: Satemene sakabehing dosalan pangala-alane anak-anaking manungsaiku bakal kaapura, malah sakabehingpangala-ala kang diucapake. 29Nangingwong kang ngala-ala marang Sang Roh Suci,ora bakal oleh pangapura salawas-lawase,jalaran kaluputan anggone nindakake dosakang langgeng.” 30Panjenengane ngandikamangkono iku, jalaran wong-wong mau padhangarani Panjenengane kapanjingan dhemit.

Page 156: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 3.31–4.2 15

Gusti Yesus lan kulawargane

3:31-35Mt 12:46-50 Lk 18:19-21

31Kacarita ingkang ibu lan para sadherekepadha teka, ngadeg ana ing jaba kongkonanngaturi Panjenengane. 32Panjenengane lagilenggah dikupengi wong akeh. Wong-wong ikupadha matur: “Lah punika ingkang ibu sartapara sadherek paduka wonten ing jawi, samibadhe pinanggih kaliyan Paduka.” 33Paringwangsulane Gusti Yesus, “Sapa ibuKu lansadulur-dulurKu?” 34Panjenengane mirsaniwong-wong kang padha linggih ngupengiPanjenengane, banjur ngandika: “Iki ibuKulan sadulur-sadulurKu! 35Sing sapa nindakakekarsaning Allah, iya iku sadulurKu lanang,yaiku sadulurKu wadon, yaiku ibuKu.”

Pasemon juru nyebar

4:1-20Mt 13:1-23 Lk 8:4-15

41 Ing sawijining dina Gusti Yesus wiwitmemulang maneh ana ing pinggiring

sagara. Banjur akeh banget wong kangpadha nglumpuk ana ing ngarsane, mulaneGusti minggah ing prau kang pinuju labuhlan lenggah ing kono, dene wong kabehpadha ana ing dharatan, ing pinggir sagara.2Banjur padha diparingi piwulang bab prakaraakeh kalawan pasemon. Anggone mulang

Page 157: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 4.3–13 16

pangandikane mangkene: 3 “Padha rungokna!Ana juru nyebar metu nyebar wiji. 4Anggonenyebar mau ana kang tumiba ing pinggirdalan, nuli ana manuk kang padha teka nucukiwiji-wiji mau nganti entek. 5Ana kang tumibaing lembah kang akeh watune, lemahe mungsathithik. Wijine enggal tuhukul, amargalemahe tipis. 6Nanging bareng srengengenesaya dhuwur, banjur alum lan dadi garingamarga ora ana oyode. 7Ana maneh kangtumiba ing eren; bareng thethukulan eri ikusaya gedhe, wijine kendhih banjur mati,temahan ora metu wohe. 8Ana kang tumibaing lemah becik, iku thukul kanthi subur lanbanjur metu wohe ana kang tikel telung puluh,ana kang tikel sawidak, ana kang tikel satus.”9Apamaneh pangandikane: “Sapa kang duwekuping kanggo ngrungokake, ngrungokna!”10Nalika Panjenengane piyambakan, para

pandhereke lan para sakabate rolas padhanyuwun katrangan bab pasemon mau.11Paring wangsulane, “Kowe kabeh wis padhakaparingan kekerane Kratoning Allah, nangingmarang wong-wong jaba samubarang kabehkaparingake kanthi pasemon, 12 supaya:Sanadyan ndeleng, ora weruh,sanadyan krungu, ora ngreti,supaya aja padha mratobat lan oleh

pangapura.”13Tumuli ngandika marang wong-won

mau: “Apa kowe ora padha ngreti isiningpasemon iki? Manawa mangkono kapriyebisamu ngreti pasemon-pasemon liyane

Page 158: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 4.14–21 17

kabeh? 14 Juru nyebar iku nyebar pangandika.15Wong-wong ing pinggir dalan, kangdisebari pangandika, yaiku wong-wongkang ngrungokake pangandika, nangingIblis banjur teka ngilangi pangandika kangdisebar ing sajroning atine. 16Mangkonouga kang disebar ing tanah kang akehwatune, yaiku wong-wong kang ngrungokakepangandika mau lan enggal-enggal nampanikanthi seneng. 17Nanging ku ora ana oyode,dadi mung bisa tahan sadhela. Bareng anamangsane katindhes lan kinaniaya, margasaka pangandika mau, banjur padha murtad.18Dene sejene yaiku kang kasebar ing eren,iku wong-wong kang padha ngrungokakepangandika, 19nanging banjur kasusahaningdonya iki lan panasaraning kasugihan apadenekamelikan-kamelikan marang bab liya-liyaneiku padha sumusup ing ati lan ngendhihpangandika mau, temahan ora metu wohe.20Wekasan sing disebar ing lemah kang becik,yaiku wong kang ngrungokake sarta nampanipangandika, banjur metu wohe, ana kang tikeltelung puluh, ana kang tikel sawidak, lan anakang tikel satus.”

Pasemon bab damar lan ukuran

4:21-25Lk 8:16-18

21Gusti Yesus banjur ngandika marangwong-wong mau: “Wong nggawa damar ikuora banjur dikurebi tompo utawa didokok

Page 159: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 4.22–29 18

ing longan, nanging banjur ditumpangakeing jodhog. 22Sabab ora ana barang kangkasidhem, kang ora bakal kalairake, lanora ana barang kang winadi kang ora bakalkawiyak. 23Sing sapa duwe kuping kanggongrungokake iku ngrungokna!”24Banjur ngandika maneh, “Ematna apa kang

padha kokrungokake. Ukuran kang kokanggongukur, iku uga bakal kanggo ngukur kowe,sarta kajaba iku tumrap kowe bakal diwuwuhi.25Amarga sapa kang duwe, bakal diparingi,dene sing ora duwe, kabeh kang kaduwe bakalkapunduhut.”

Pasemon bab wiji kang thukul

4:26-2926Gusti Yesus banjur ngandika: “Kratoning

Allah iku mangkene: upamane kaya wongkang nyebar wiji ing lemah, 27nuli yen bengituru, yen awan tangi, lan wiji mau thukul sartasaya dhuwur, kapriye tumindake, wong mauora ngreti. 28Bumi iku metokake woh dhewe,kang dhisik gagange, banjur wewulene, nuligandume kang mentes-mentes. 29Manawawohe wis cukup tuwa, wong mau wiwit ngeriti,amarga wis mangsa panen.”

Page 160: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 4.30–36 19

Pasemon bab wiji sawi

4:30-34Mt 13:31-35 Lk 13:18-19

30Gusti Yesus ngandika maneh: “KratoningAllah iku kita upamakake apa? Utawa kenakita gambar nganggo pasemon apa? 31Kratoniku upamane kaya wiji sawi kang disebaring lemah. Pancen wiji iki, padha-padha wijikang ana ing bumi, cilik dhewe. 32Nangingbareng wis disebar, banjur thukul lan dadigedhe ngluwihi sakabehing jejanganan liyane,sarta metu pange kang gedhe-gedhe, ngantimanuk-manuk ing awang-awang padha bisanusuh ana ing ayomane.”33Gusti Yesus anggone mulangake

pangandika marang wong-wong mau ngagempasemon akeh kang kaya mangkono iku, laraskaro tataraning pangretene, 34 lan ora padhadipangandikani apa-apa kang tanpa pasemon,nanging yen marang para sakabate apa baediterangake piyambakan.

Gusti nyirep prahara

4:35-41Mt 8:23-27 Lk 8:22-25

35 Ing dina iku bareng wis sore, Gusti Yesusngandika marang para sakabate: “Ayo padhamenyang sabrang.” 36Banjur padha ninggalwong akeh mau lan mangkat ndherekakeGusti Yesus kang wis nitih prau, bebarengan

Page 161: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 4.37–5.4 20

karo prau-prau liyane. 37Tumuli ana praharagedhe, lan ombake nyempyok-nyempyoktumiba ing sajroning prau, nganti praune mehkebak banyu. 38Dene Gusti Yesus ana ingburitan, lagi sare ngagem kajang sirah. Banjurdiwungu dening para sakabat, unjuke: “Guru,punapa Paduka boten nggalih, bilih kawulasami badhe tiwas?” 39Panjenengane banjurwungu, angine didukani, lan ngandika marangsagara: “Menenga lan dadia anteng!” Anginenuli mendha lan sagarane dadi anteng maneh.40Banjur ngandika marang para sakabate:“Yagene kowe padha wedi mangkono? Yagenekowe ora padha pracaya?” 41Wong-wong maupadha dadi wedi banget lan padha guneman:“Sapa ta Panjenengane iku, dene dalasanangin lan sagara kok iya padha ngestokakedhawuhe?”

Gusti Yesus nundhungdhemit ana ing Gerasa

5:1-20Mt 8:28-34 Lk 8:26-39

51Sawuse mangkono banjur wis padhatekan ing sabranging sagara, ing tanahe

wong Gerasa. 2Lagi bae mandhap sakaing prau, Gusti Yesus disowani ing wongkapanjingan dhemit saka ing pakuburan.3Wong mau manggon ana ing kono lan wis oraana wong siji-sijia maneh kang saguh mbandadheweke, sanadyan nganggo rante, 4amargawis kerep dibanda lan dirante, nanging

Page 162: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 5.5–13 21

rantene dipedhot lan blengguning sikil dirucat,temahan ora ana wong siji-sijia kang bisa gawetutute. 5Rina wengi wong mau klambaranganana ing pakuburan lan ing gunung-gunungkaro bengak-bengok sarta ngantemi awakedhewe, nganggo watu. 6Bareng wong maundeleng Gusti Yesus saka ing kadohan, banjurmlayu menyang ing ngarsane sarta nyembah,7 lan mbengok seru: “Paduka preduli punapakaliyan kawula, dhuh, Gusti Yesus, PutraningAllah ing kang Mahaluhur? Demi Allah sampunngantos niksa kawula!” 8 Jalaran sadurungeiku Gusti Yesus wus ngandika marang wongmau: “Heh, dhemit, lungaa saka wong iku!”9Wasana panjenengane banjur ndangu:“Sapa jenengmu?” Atur wangsulane: “Namakawula Legion, jalaran cacah kawula kathahsanget.” 10Wong mau nyuwun kanthi adrengsupaya dhemit-dhemite aja ditundhung sakawewengkon kono.11Nalika iku ing ereng-erenging gunung

kono ana babi akeh banget kang pinujugolek pangan. 12Dhemit-dhemit mau nyuwunmarang Panjenengane, ature: “Kawulamugi sami kadhawuhana murugi babi-babipunika, sami badhe kawula lebeti.” 13GustiYesus marengake. Dhemit-dhemit banjurpadha metu lan manjing ing babi-babi mau.Grombolan babi kang cacahe kira-kira rongewu iku banjur gumrudug mudhun saka ingpinggiring jurang ambyur ing sagara, wasanapadha mati klelep ana ing kono.

Page 163: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 5.14–20 2214Pangon-pangone babi-babi mau banjur

padha mlayu lan nyritakake lelakon iku anaing kutha lan ing kampung-kampung ingsakiwa tengene. Wong-wong nuli padha metuarep nyumurupi apa kang mentas kalakoniku. 15Wong-wong mau padha sowan ingngarsane Gusti Yesus lan ndeleng wong kangmaune kapanjingan dhemit legion linggih ingkono, wis manganggo ganep lan wis waras,satemah padha wedi. 16Wong-wong kangpadha nyumurupi dhewe lelakon mau padhanyritakake marang wong-wong kang padhateka iku bab apa kang tumindak tumrap wongkang kapanjingan dhemit lan bab babi-babimau. 17Wong-wong mau banjur padha nyuwunkalawan adreng marang Gusti Yesus, supayaPanjenengane nilar wewengkone.18Nalika Gusti Yesus minggah ing prau, wong

kang maune kapanjingan dhemit nyuwunkalilanana dherek satindake. 19NangingGusti Yesus ora marengake, pangandikanemarang wong mau: “Muliha menyangomahmu, menyang ing omahe wong-wong ingkampungmu lan critakna kabeh apa kang wiskatindakake dening Allah tumrap kowe lanbab anggonmu diparingi sih kawelasan deningAllah.” 20Wong mau iya banjur mangkat lanwiwit martak-martakake ana ing wewengkonDekapolis apa kang wis ditindakake deningGusti Yesus tumrap dheweke; wong-wongpadha eram kabeh.

Page 164: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 5.21–29 23

Gusti Yesus nangekake anake Yairuslan nyarasake wong wadonkang lara nggrajag getih

5:21-43Mt 9:18-26 Lk 8:40-56

21Sawise Gusti Yesus nyabrang manehkalawan nitih prau banjur akeh banget wongkang padha nglumpuk ing ngarsane ana ingpinggir sagara, 22 tumuli ana sawijining lurahpapan pangibadah, kang jeneng Yairus, sowanin ngarsane. Bareng ndeleng Gusti Yesusbanjur sujud 23 lan nyuwun kanthi adreng,ature: “Anak kawula estri saweg sakit mehpejah, mila mugi Paduka karsaa ngrawuhilan numpangi asta, supados wilujen lanlestantun gesang.” 24Gusti Yesus banjur tindakbareng karo lurah mau. Wong akeh padhandherekake, padha suk-sukan ing sacedhakePanjenengane.25Nalika samana ing kono ana wong wadon

kang lara nggrajag getih wis rolas taun. 26Wisbola-bali ditambani dhukun pirang-pirang,nganti kabeh barang darbeke entek, nangingora bisa waras, malah kosokbaline, larane sayabanget. 27Dheweke wis krungu pawarta babGusti Yesus, mulane banjur ndhesel-ndheseling satengahe wong akeh nyedhaki Gusti Yesussaka ing buri lan ndemek jubahe. 28Sababpamikire: “Angger aku bisa ndemek jubahebae, aku mesthi mari.” 29padha sanalikaanggone nggrajag getih mampet lan krasa

Page 165: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 5.30–38 24

yen awake wis waras, larane wis mari. 30 ingsanalika iku uga Gusti Yesus mangretos,yen ana daya kang metu saka ing sarirane,banjur mengo ana ing satengahe wongakeh ikusarta ndangu, “Sapa sing ndemokjubahku?” 31Para sakabat padha munjuk:“Paduka mirsa anggenipun tiyang-tiyang samisuk-sukan ing sacelak Paduka, lah kok ndangu:Sapa sing ndemok Aku?” 32Panjenenganebanjur mirsani mubeng, karsa nguninganisapa kang tumindak mangkono. 33Wongwadon mau sarehne nyumurupi apa kangkalakon tumrap ing dheweke dadine banjurwedi, mulane tumuli maju lan sujud ingngarsane Gusti Yesus sarta munjuk sablakane.34Pangandikane marang wong wadon iku, “He,ngger, pangandelmu kang mitulungi kowe. Wismundura kanthi tentrem rahayu, lan lestraiamarine lelaramu iku.”35Nalika Gusti Yesus isih ngandika, ana wong

saka ing omahe lurah papan pangibadah mau,kang teka lan matur: “Ingkang putra sampuntilar, punapa prelunipun taksih ngribedi SangGuru?” 36Nanging Gusti Yesus ora karsa maelumarang pawarta mau, lan banjur ngandikamarang lurah papan pangibadah: “Aja wedi,kumandela bae!” 37Sawise mangkono oraana wong siji bae kang diparengake ndherek,kajaba Petrus, Yakobus lan Yokanan, sadulureYakobus. 38Bareng wis padha tekan ing omahelurah papan pangibadah, padha ndelengwong-wong kang pating jlerit, padha nangislan padha sesambat kanthi suwara sora.

Page 166: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 5.39–6.2 2539Bareng Gusti Yesus lumebet banjur ngandikamarang wong-wong mau: “Yagene kowe padharibut lan nangis? Bocahe ora mati, lagi turu.”40Nanging wong-wong padha nggeguyu.Kabeh wong banjur padha didhawuhi metu,

banjur nimbali bapa biyunge bocah maulan kang padha ndherek, sarta lumebeting kamare bocah mau. 41Tangane bocahnuli kaasta kalawan ngandika: “Talita kum,”tegese: “He, ngger, kowe Dakkandhani,tangia!” 42Sanalika iku uga bocahe tangi,ngadeg sarta lumaku, sabab umure wis rolastaun. Kabeh wong kang ana ing kono padhakaeraman. 43Banjur padha diparingi piwelingwanti-wanti, aja nganti ana wong kang ngretibab iku, tumuli dhawuh menehi mangan bocahmau.

Gusti Yesus ana ing Nasaret katampik

6:1-6Mt 13:53-58 Lk 4:16-30

61Sawise iku Gusti Yesus jengkar saka ingkono lan tindak menyang ing kutha asale,

kadherekake dening para sakabate. 2Barengdina Sabat Panjenengane wiwit memulangana ing papan pangibadah, sarta akeh bangetwong kang padha kumpulan, lan padhakaeraman nalika ngrungokake, banjur padhasapocapan: “Kabeh iku olehe saka ngendi? Lankawicaksanan apa kang kaparingake marangDheweke? Sarta mukjijat-mukjijat kang kayamangkono Dheweke kok bisa nganakake?

Page 167: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 6.3–10 263Apa iku dudu si tukang kayu, anake Maryam,sadulure yakobus, Yoses, Yudas lan Simon?Lan apa sadulur-sadulure wadon ora padhamanggon ing kene?” Banjur padha kacuwantumrap Panjenengane. 4Tumuli Gusti Yesusngandika marang wong-wong mau: “Nabiiku ana ing ngendi-endi diajeni, kajabaana ing panggonan asale lan ing antaranekulawangsane sarta ana ing omahe dhewe.”5Mulane ana ing kono Panjenengane orabisa nindakake pangeram-eram babar pisan,kajaba mung marasake wong lara sawatarasarana katumpangan asta. 6Panjenenganengungun ngraosake anggone wong-wong mauora padha pracaya, banjur tindak njajah desakaro memulang.

Para rasul rolas kautus

6:7-13Mt 10:5-15 Lk 9:1-6

7Para sakabat rolas tumuli padha katimbalanlan padha kautus ngloro-ngloro sarta padhakaparingan panguwasa misesani para dhemit,8apamaneh padha kaweling, aja padhanggawa apa-apa ana ing dalan, kajaba mungteken, aja padha nggawa roti, aja ngawa tas,dhuwit ing sabuk bae iya aja, 9kena nganggotrumpah, nanging aja nggawa klambi rangkep.10Sabanjure padha dipangandikani mangkene,“Yen ana ing sawijining panggonan kowe wisditampani ana ing omah, kowe mondhokaana ing kono nganti kowe mangkat saka ing

Page 168: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 6.11–18 27

kono. 11Lan manawa sawijining panggonanemoh nampani kowe lan wong-wong ing konoora padha gelem ngrungokake kowe, metuasaka ing kono, lebu ing sikilmu ketabna.Iku minangka pepenget kanggo wong mau.”12Rasul rolas banjur mangkat lan memulang,supaya wong-wong padha mratobata 13 lanakeh setan kang padha ditundhungi lanakeh wong lara kang padha dilengani sartadiwarasake.

Nabi Yokanan Pambaptis disedani

6:14-29Mt 14:1-12 Lk 9:7-9

14Sang Prabu Herodhes iya midhanget babGusti Yesus, sabab Asmane wis kondhang lanwong-wong padha kandha: “Nabi YokananPambpatis wis wungu saka ing antaranewong mati, mulane kadunungan kasektenmangkono.” 15Ana maneh kang ngucap:“Iku Nabi Elia!” Liyane maneh kandha: “Ikusawijining nabi kaya nabi-nabi sing uwis-uwis.”16Nalika Sang Prabu Herodhes midhanget babiku, banjur ngandika: “Dudu, iku Yokanan,kang wis daktugel gulune, saiki tangi maneh.”17Amarga pancen Sang Prabu Herodhes

kang dhawuh nyepeng Nabi Yokananlan mbesta sarta banjur kalebokake ingpakunjaran, marga saka anane lelakon babSang Putri Herodhias, garwane PangeranFilipus sadhereke, kang kapundhut garwadening Sang Prabu Herodhes. 18Sabab Nabi

Page 169: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 6.19–25 28

Yokanan banjur matur marang Sang PrabuHerodhes: “Boten kenging paduka mundhutgarwa garwanipun sadherek paduka!”19Mulane Sang Putri Herodhias ngincim-incimmarang Nabi Yokanan lan ngudi bisane nyedanipanjenengane, nanging ora bisa, 20 sabab SangPrabu Herodhes ering marang Nabi Yokanan,amarga mirsa, yen Nabi Yokanan iku mursidlan suci, mulane diayomi. Nanging manawamidhangetake pangandikane Nabi Yokanan,pangalihe banjur kaya diontang-antingake,ewadene remen miyarsakake.21Wasana Sang Putri Herodhias oleh

wewengan yaiku nalika pinuju dina wiyosaneSang Prabu Herodhes, Sang Nata nganakakebujana kanggo para panggedhene, para opsir-opsire lan para wong kang kajen keringan ingtanah Galilea. 22 Ing nalika samana putraneputri Sang Putri Herodhias lumebu lan beksa,njalari sukaning panggalihe Sang PrabuHerodhes lan para tamu-tamune. Sang Natabanjur ngandika marang putri mau: “Kowenyuwuna marang aku sakarepmu, mesthibakal dakparingi!” 23Malah banjur sumpah,pangandikane: “Apa bae kang koksuwun,bakal dakparingake, sanadyan saparoningkrajanku!” 24Putri mau banjur mundur sartamatur marang kang ibu: “Punapa ingkangkula suwun?” Wangsulane kang ibu: “SiraheYokanan Pambaptis.” 25Putri mau banjurenggal-enggal bali marek ing ngarsane SangPrabu lan munjuk: “Kawula nyuwun, supadoskaparingana sirahipun Yokanan Pambaptis

Page 170: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 6.26–33 29

kawadhahan ing talam!” 26Sang Nata bangetsungkawa panggalihe, nanging marga sakasupaose lan anane para tamu, panjenenganeora karsa nduwa. 27Sang Nata banjur utusanprajurit tamtama nggawa mustakane NabiYokanan. Kang kautus banjur mundur, lannigas Nabi Yokanan ana ing pakunjaran.28Sawise mangkono mustakane nuli kadekeking talam lan ditampakake marang putri mau,kang banjur dicaosake marang kang ibu.29Para sakabate Nabi Yokanan bareng krungu

bab iku, banjur padha teka ngukup layone landisarekake ana ing pakuburan.

Gusti Yesus maringi manganwong limang ewu

6:30-44Mt 14:13-21 Lk 9:10-17 Yo 6:1-13

30Sawise mangkono para rasul padhanglumpuk ana ing ngarsane Gusti Yesus lanpadha matur apa kang wis padha ditindakakekabeh lan kang diwulangake. 31Banjur padhadipangandikani: “Ayo padha menyang papankang sepi, supaya bisa ndhewe lan padhangaso sadhela.” Amarga pancen akeh bangetwong kang padha teka lunga, nganti manganbae padha ora kober. 32Banjur padha mangkatnunggang prau menyang ing panggonankang sepi, ndhewe. 33nanging nalika padhamangkat, akeh wong kang padha weruh lannyumurupi sedyane. Ora suwe banjur akehwong kang padha teka saka ing kutha-kutha

Page 171: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 6.34–41 30

kabeh, kang padha lumaku dharat menyanging panggonan kono, ndhisiki tekane. 34NalikaGusti Yesus ndharat, mirsa wong kang cacaheakeh banget iku, trenyuh panggalihe margasaka welase, jalaran padha katon kaya wedhuskang tanpa pangon. Panjenengane nuliwiwit memulang bab prakara akeh marangwong-wong mau.35Bareng wis wiwit peteng, para sakabat

padha sowan ing ngarsane lan matur:“Panggenan punika sepi, mangka sampunwiwit peteng. 36Tiyang-tiyang punika bokdipun dhawuhi mundur supados sami tumbastetedhan dhateng ing dhusun-dhusun sahaing kampung-kampong ing sakiwa-tengenipunpapan punika.” 37Nanging paring wangsulane:“Kowe bae padha menehana mangan!”Unjuke para sakabat: “Dados kawula samikadhawuhan kesah tumbas roti namungkalih atus dinar, lajeng kadhawuhan nyukanitedha dhateng tiyang-tiyang punika?”38Pangandikane Gusti Yesus: “Kowe duwe rotipira? Coba priksanen!” Sawise dititi-priksa,banjur padha munjuk: “Wonten roti gangsal,sarta ulam kalih.” 39Banjur padha kadhawuhannata wong-won mau, supaya padha linggihgegrombolan ana ing pasuketan. 40Wong-wong banjur padha linggih gegrombolan, anakang nyatus, ana kang nyeket. 41SawiseGusti Yesus mendhet roti lima lan iwak loroiku, banjur tumenga ing langit lan mberkahi,rotine tumuli dicuwil-cuwil diparingake marangpara sakabat supaya didum-dumake marang

Page 172: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 6.42–51 31

wong kabeh, mangkono uga iwake loro mauiya didum-dumake nganti warata. 42Wongkabeh padha mangan nganti wareg. 43Turahancuwil-cuwilan padha diklumpukake dadi rolaswakul kebak, mangkono uga turahane iwak.44Anadene kang melu mangan roti iku cacahewong lanang limang ewu.

Gusti Yesus tindak napak ing sagara

6:45-52Mt 14:22-33 Yo 6:16-21

45Sawise iku Gusti Yesus banjur dhawuhmarang para sakabate, supaya enggalnunggang prau ndhisiki nyabrang menyanging Betsaida; nalika samana wong akehpadha kadhawuhan mulih. 46Bareng wispadha lunga kabeh, Gusti Yesus banjurminggah ing gunung ndedonga. 47Barengbengi prau mau wis tekan ing satengahingsagara, dene Gusti Yesus ana in dharatanpiyambakan. 48Bareng mirsa para sakabaterekasa banget anggone ndhayungi praune,marga katampek ing angin, kira-kira jam telubengi Panjenengane rawuh napak ing banyusagara, arep nglancangi wong-wong mau.49Nalika padha ndeleng Panjenengane tindaking banyu, padha ngira, yen iku memedi,tumuli padha bengok-bengok, 50 sabab kabehpadha weruh, temahan padha kumelap atine.Nanging banjur enggal dipangandikani deningGusti Yesus: “Padha dienak atimu! Iki Aku, ajawedi!” 51Banjur minggah ing prau manggihi

Page 173: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 6.52–56 32

para sakabate, angine tumuli mendha. Kabehpadha gumun lan bingung, 52awit sawiselelakon bab roti, meksa durung ngreti, margasaka wangkoting atine.

Gusti Yesus nyarasake wong-wonging Genesaret kang padha lara

6:53-56Mt 14:34-36

53Sawise padha nyabrang, banjur tekaning tanah Genesaret. Tumuli labuh ana ingkono. 54Sawise padha mentas saka ing prau,wong-wong nalika iku uga padha ora panglingmarang Gusti Yesus. 55Mulane banjur padhaenggal-enggal martakake bab iku marangwewengkon ing kono kabeh, lan wong-wonglara padha diusungi sapaturone disowanakemarang ing ngarsane Gusti Yesus, sanadyanana ing ngendi bae palerebane. 56Menyangangendi bae tindake, menyang ing desa-desa,menyang ing kutha-kutha apa menyanging kampung-kampung, wong-wong padhanyelehake wong lara ana ing pasar lan nyuwunmarang Panjenengane, supaya dililani ndemekgombyoking jubahe bae. Dene kabeh kangndemek jubahe padha dadi waras.

Page 174: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 7.1–6 33

Pepakoning Allah lanila-ilane wong Yahudi

7:1-23Mt 15:1-20

71Nuju ing sawijining dina ana wong Farisisagrombolan lan ahli Toret sawatara

teka saka ing Yerusalem, padha sowan ingngarsane Gusti Yesus. 2Wong-wong maupadha nyumurupi sakabate Gusti Yesussawatara anggone mangan nganggo tangankang najis, yaiku ora wisuh dhisik. 3Sababwong Farisi iku kayadene wong-wong Yahudiliyane, sadurunge mangan, wisuh tangandhisik, amarga padha nggondheli adattata-carane para leluhure, 4 lan manawamulih saka pasar, sadurunge mangan iyasesuci dhisik. Akeh ila-ila liyane manehkang ditetepi, kayata: bab ngisahi tuwung,kendhi lan piranti-piranti tembaga. 5Mulanewong-wong Farisi lan para ahli Toret maubanjur padha matur pitakon: “Punapaa denesakabat-sakabat Panjenengan sami botenngenut ila-ilaning para leluhur kita, denesami nedha mawi tangan najis?” 6Paringwangsulane: “Ceples temen pamecane NabiYesaya ing ngatase kowe, heh, wong lamis!Sabab wis katulisan:Bangsa iki anggone ngluhurake Ingsun

kalawan lambe,nanging atine ngedohi Ingsun.

Page 175: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 7.7–17 347TAnpa gawe anggone ngabekti marang

Ingsun,dene kang diwulangake iku pepakoning

manungsa.8Pepakoning Allah koklirwakake, lan netepi

ila-ilaning manungsa.”9Panangadikane maneh mangkene: “Pinter

banget kowe nyingkirake pepakoning Allah,supaya bisa netepi adat-tata-caramu dhewe.10marga ana dhawuhe Nabi Musa mangkene:Sira ngajenana bapa-biyungira, lan sing sapangipat-ipati bapa-biyunge kudu diukum pati.11Nanging kandhamu: Manawa ana wong kangmatur bapakne utawa biyunge: Gadhahan kulaingkang kenging kangge ngrukti panjenengan,sampun kangge kurban -- inggih punikapisungsung kagem Gusti Allah, -- 12 ing konowong mau wis ora prelu nindakake apa-apakanggo bapakne utawa biyunge. 13Dadipangandikaning Allah kokorakake, jalarankowe wis netepi ila-ila. Lan isih akeh bab liyanekang kaya mangkono, kang koktindakake.”14Gusti Yesus banjur nimbali wong akeh

maneh lan padha dipangandikani: “Kabehpadha ngrungokna lan padha pikiren singtemenan. 15Samubarang kang saka ing jabalumebu ing manunga, iku ora njalari najis,nanging apa kang metu saka ing manungsa,iku kang marakake najis. 16 [Sapa kang duwekuping kanggo ngrungokake, ngrungokna!”]17Sawise Panjenengane sumingkir saka ing

wong akeh mau lan lumebet ing sawijiningomah, para sakabate banjur nyuwun

Page 176: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 7.18–26 35

katrangan bab tegese pasemon mau. 18Nulipadha dipangandikani: “Apa kowe iya orangreti? Apa kowe ora ngreti, yen samubarangkang saka ing jaba lumebu ing manungsa ikuora bisa marakake najis, 19amarga ora lumebuing sajroning ati, nanging lumebu ing weteng,banjur kabuwang ing pakiwan?” Pangandikaiku mratelakake, yen sakabehe panganiku kalal. 20Banjur nyambeti pangandika:“Apa sing metu saka ing manungsa, ikusing marakake najis, 21 sabab saka ing jero,saka ing sajroning atine manungsa, thukulsakabehing pikiran sing ala, kang lekoh,kadurjanan, gawe pati, 22 laku bandrek,srakah, piala, akal palsu, hawa-nepsu, meri,panyatur ala, gumedhe, tanpa budi. 23Sakehepiala iki thukul saka ing jero lan marakakenajis marang manungsa.”

Wong wadon ingSiro-Fenisia kang pracaya

7:24-30Mt 15:21-28

24Gusti Yesus banjur jengkar saka ing konolan tindak menyang ing tlatahe kutha Tirus.Nuli lumebet ing sawijining omah lan ora karsa,yen ngantia kasumurupan ing wong, nangingrawuhe iku ora bisa kasidhem. 25Amarga ingnalika iku uga banjur ana wong wadon, kanganake wadon kapanjingan dhemit, sawisekrungu bab Panjenengane, enggal-enggalmarek sumungkem ana ing ngarsane. 26Wong

Page 177: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 7.27–34 36

wadon iku bangsa Yunani, saka ing tanahSiro-Fenisia. iku nyuwun marang Gusti Yesus,karsaa nundhung setane saka ing anake.27Tumuli dipangandikani dening Gusti Yesus:“Cikbene bocah-bocah padha wareg dhisik,sabab dudu samesthine njupuk roti singdisadhiyakake kanggo anak-anak, banjurdiuncalake marang kirik.” 28Nanging unjukewong wadon mau: “Kasinggihan, Gusti,nanging kirik inggih sami nedha kaceranipunputra-putra ing ngandhap meja.” 29 Ing konoGusti Yesus banjur ngandika marang wongwadon iku: “Marga saka tembungmu kangmangkono iku, wis mundura, dhemite wismetu saka ing anakmu.” 30Wong wadon mautumuli mulih, anake ketemu turon ing amben,dhemite wis lunga.

Gusti Yesus nyarasake wong budheg bisu

7:31-3731Sawise iku Gusti Yesus jengkar saka

wilayah Tirus lan tindak menyang sagaraGalilea, ing satengah tlatah Dekapolis,nglangkungi Sidon. 32Banjur ana wong kangnyowanake wong budheg bisu lan nyuwunsupaya Gusti Yesus karsaa numpangi asta.33Wong mau nuli kapisahake saka wong akehdening Gusti Yesus, didhewekake. Kupingebanjur dilebeti ing racikane, nuli kecoh lanndemok ilate wong mau. 34Sawise mangkonoGusti Yesus banjur tumenga ing langit lanunjal ambegan, nuli ngandika marang wong

Page 178: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 7.35–8.6 37

mau: “Efata!” tegese: mengaa! 35Sanalikakupinge padha kabuka, ilate kaudharan,banjur bisa caturan teteh. 36Wong-wong kangana ing kono padha kaweling dening GustiYesus, supaya aja padha nyritakake lelakoniku marang sapa bae. Nanging saya dilarang,malah saya nemen anggone padha martakake.37Kabeh wong padha kaeraman banget lanpadha calathu: “Panjenengane iku ndadekakebecik samubarang kabeh, sing budheg dadibisa krungu, sing bisu bisa caturan.”

Gusti maringi mangan wong patang ewu

8:1-10Mt 15:32-39

81Nalika samana ing kono uga ana wongakeh maneh, kang akeh banget cacahe,

padha ora ana kang dipangan. Gusti yesusbanjur nimbali para sakabate lan ngandika:2 “Atiku trenyuh banget marga saka welasKumarang wong akeh iki. Wis telung dinaanggone padha ngetutake Aku, mangka saikiora ana kang dipangan. 3 lan manawa padhaDakkon mulih, mangka padha luwe mangkono,bakal padha ambrk ana ing dalan, sababana kang adoh sangkane.” 4Para sakabatepadha munjuk: “Kadospundi anggenipunsaged angsal roti wonten panggenan ingkangsepi makaten ingkang kangge nedhanitiyang-tiyang punika ngantos tuwuk?” 5GustiYesus nuli ndangu: “Kowe duwe roti pira?”Unjuke para sakabat: “Wonten pitu.” 6Wong

Page 179: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 8.7–13 38

akeh mau banjur padha kadhawuhan linggihana ing lemah. Sawuse mangkono Gusti yesusbanjur mundhut roti pitu mau, lan sawise saossokur, nuli dicuwil-cuwil sarta diparingakemarang para sakabat supaya didum-dummarang wong akeh mau lan iya banjurdiwaratakake. 7Para sakabat iya nggawa iwaksawatara, sawise diberkahi, banjur dhawuhsupaya didum-dumake uga. 8Wong-wongtumuli padha mangan nganti wareg. Turahanecuwil-cuwilan banjur diklumpukake dadipitung wakul. 9Anadene wong kang padhamangan iku cacahe watara ana patang ewu.Tumuli padha didhawuhi mulih. 10Gusti Yesusbanjur engal-enggal nitih prau kanthi parasakabate lan tindak menyang ing tlatahe tanahDalmanuta.

Wong-wong Farisi padhanyuwun pratandha

8:11-13Mt 16:1-4

11Para wong Farisi tumuli padha sowan lanpadha bebantahan karo Gusti Yesus. Wong-wong iku padha nyoba marang Panjenenganekanthi nyuwun supaya diparingana pratandhasaka ing swarga. 12Sajroning panggalih GustiYesus ngesah, banjur ngandika: “Yagene jinisiki kok njaluk pratandha? Aku pitutur marangkowe, satemene jinis iki babar pisan ora bakalkaparingan pratandha.” 13Wong-wong mau

Page 180: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 8.14–21 39

tumuli padha ditilar minggah ing prau manehlan tindak menyang ing sabrang.

Bab ragine wong Farisi lanragine Prabu Herodhes

8:14-21Mt 16:5-12

14Nalika samana para sakabat lali orasangu roti, mung ana roti siji ing prau kono.15Gusti Yesus banjur ngengetake marangpara sakabate, pangandikane: “Padha singawas, padha ngwekanana ragine wong Farisilan ragine Raja Herodhes.” 16Para sakabatbanjur padha rerasanan: “Anggone ngandikamangkono iku, marga aku padha ora nggawaroti.” 17Bareng Gusti Yesus mirsa rerasananeiku, banjur ngandika: “Yagene kowe kok padharasanan bab anggonmu padha ora nggawaroti? Apa kowe padha durung sumurup landurung mangreti? Apa atimu wis dableg?18Kowe wong duwe mripat apa ora ndeleng,kowe duwe kuping apa ora krungu? Apakowe padha ora kelingan, 19nalika akunyuwil-nyuwil roti kanggo wong limang ewukae, pirang wakul turahane cuwilan?” Aturepara sakabat: “Kalih welas wakul.” 20 “Lannalika roti pitu kanggo wong patang ewu,anggonmu nglumpukake cuwilan pirangwakul?” Atur wangsulane: “Pitung wakul.”21Banjur ngandika: “Apa kowe meksa durungmangreti?”

Page 181: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 8.22–28 40

Gusti Yesus nyarasakewong picak ing Betsaida

8:22-2622Gusti Yesus banjur rawuh ing Betsaida,

tumuli ana wong picak kasowanake ingngarsane, disuwunake supaya didemeka.23Gusti nuli ngasta tangane wong picak maulan dituntun menyang ing sajabane desa,tumuli dkecohi mripate lan ditumpangi astasarta kadangu: “Apa kowe wis bisa ndelengapa-apa?” 24Wong mau bajur tumengalan munjuk: “Kawula ningali tiyang samilumampah, namung sawanganipun kadoswit-witan.” 25Gusti Yesus numpangake astanemaneh ing mripate wong mau, temahanbisa ndeleng temenan lan wis waras, wisbisa ndeleng apa-apa kanthi cetha. 26Banjurkadhawuhan mulih lan dipangandikani: “Ajamampir ing desa kono!”

Pangakune Petrus

8:27-30Mt 16:13-20 Lk 9:18-21

27Sawise iku Gusti Yesus banjur tindakmenyang ing desa-desa sakiwa-tengene kuthaKaisarea Filipi kadherekake dening sakabate.Ana ing dalan padha didangu, pangandikane:“Wong-wong padha ngarani Aku iki sapa?”28Atur wangsulane: “Wonten ingkang mastaniNabi Yokanan Pambaptis, wonten ugi ingkang

Page 182: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 8.29–33 41

mastani Nabi Elia, sanesipun malih mastanipanunggilanipun para nabi.” 29Gusti Yesusbanjur ndangu: “Lah yen kowe, Aku ikikokarani sapa?” Petrus matur: “Paduka punikaSang Kristus!” 30Para sakabat banjur padhadiwanti-wanti, ora diparengake wara-wara babiku mau marang sapa bae.

Gusti Yesus wiwit paring sumurupbab bakal sangsara lan sedane.

Petrus kadukanan

8:31-33Mt 16:21-23 Lk 9:22

31Gusti Yesus tumuli wiwit mulang marangpara sakabate, yen Putraning manungsa ikukudu nglampahi sangsara akeh, sarta ditampikdening para pinituwa lan para pangarepingimam tuwin para ahli Toret, banjur disedanilan sawise telung dina wungu maneh. 32Babiki dipangandikakake kanthi ngeblak. NangingPetrus banjur nggered minggir Gusti Yesuslan ngaturi pepenget Panjenengane. 33GustiYesus nuli minger lan kalawan mirsani parasakabate, Petrus didukani: “Sumingkira, heh,Iblis, sabab kowe ora mikir apa kang digalihdening Gusti Allah, nanging apa kang dipikirdening manungsa.”

Page 183: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 8.34–9.1 42

Bab manggul salib

8:34--9:134Gusti Yesus tumuli nimbali wong akeh karo

para sakabate sarta padha dipangandikanimangkene: “Saben wong kang arep ngetut-buri Aku, iku nyingkura marang awake dhewe,ngangkata salibe lan melua Aku. 35Amargasing sapa kumudu-kudu nylametake nyawane,iku bakal kelangan nyawane, nanging singsapa kelangan nyawane marga saka Akulan marga saka Injil, iku bakal nylametakenyawane. 36Apa gunane wong oleh jagad ikikabeh, nanging kelangan nyawane? 37Awitapa ta kang bisa diwenehake kanggo ngijolinyawane? 38Sabab sing sapa isin marga sakaAku lan marga saka tembung-tembungKu anaing ngarepe jinis kang ora setya lan dosa iki,Putraning Manungsa iya bakal lingsem margasaka wong iku, manawa besuk rawuh ngagemkamulyane Ingkang Rama, ginarebeg ing paramalaekat suci.”

91Pangandikane maneh mangkene: “Akupitutur marang kowe, satemene wong

kang ana ing kene iki ana kang bakal ora mati,sadurunge padha ndeleng rawuhe KratoningAllah kalawan panguwasa.”

Page 184: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 9.2–9 43

Gusti kamulyakake ana ing gunung

9:2-13Mt 17:1-13 Lk 9:28-36

2Sawise nem dina Gusti Yesus dhawuhmarang Petrus, Yakobus lan Yokanan supayandherek bebarengan minggah ing gunung kangdhuwur, prelu miyambak. Tumuli Gusti Yesussantun rupa ana ing ngarepe para sakabatmau. 3Pangagemane katon putih memplaksumorot. Ora ana wong ing donya iki kang bisamutihake sandhangan nganti kaya mangkono.4Para sakabat banjur padha dikatingali NabiElia karo Nabi Musa, kang lagi padha imbalpangandika kalawan Gusti Yesus. 5Petrusnuli matur marang Gusti Yesus: “Rabbi, ibasaenipun, bilih kawula sami wonten ing ngriki.Prayoginipun kawula sami ngadegaken tarubtiga, satunggal kagem Paduka, satunggalkagem Nabi Musa, satunggalipun malih kagemNabi Elia.” 6Angone matur mangkono iku,marga ora ngreti, apa kang kudu diaturake,saka anggone padha banget wedine. 7Banjurana mega teka ngayomi, lan saka ing sajroningmega iku ana suwara kang kaprungu: “IkiPutraningSun kang Sunkasihi, padha estoknadhawuhe.” 8Dumadakan nalika padha nyawanging sakubenge kono, banjur wis ora ana kangkatingal maneh, kajaba mung Gusti Yesuspiyambak.9Nalika padha mudhun saka ing gunung,

Gusti Yesus paring piweling, aja ana kang

Page 185: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 9.10–16 44

kandha-kandha marang sapa-sapaa bae babapa kang mentas padha dideleng mau, ngantitumeka Putraning Manungsa wis wungu sakaing antarane wong mati. 10Para sakabatpadha nyathet pangandika mau karo padhatakon-tinakon bab tegese “wungu saka ingantarane wong mati”. 11Banjur padha maturpitakon: “Punapaa dene para ahli Toretkok mratelakaken, bilih Nabi Elia pinasthirawuh rumiyin?” 12Paring wangsulane GustiYesus: “Nabi Elia pancen bakal rawuh dhisikprelu mbangun samubarang kabeh. Mungbae, kapriye dene kok ana tulisan kangmratelakake, yen Putraning Manungsa bakalnandhang sangsara akeh sarta disawiyah-wiyah? 13Nanging Aku pitutur ing kowe: NabiElia iku pancen wis rawuh, lan banjur digawesawenang-wenang, cocog karo apa kang wiskatulis tumrap panjenengane.”

Gusti Yesus nyarasake bocahkang kapanjingan dhemit

9:14-29Mt 17:14-21 Lk 9:37-43

14Bareng wis padha bali ing panggonanepara sakabat liyane, padha ndeleng wong akehpadha ngrubung sakabat-sakabat mau lanahli Toret sawatara, kang padha diya-diniyakaro sakabat-sakabat iku. 15Wong akeh ikubareng weruh Gusti Yesus, padha gumun lanbanjur enggal-enggal padha methuk. 16GustiYesus nuli ndangu marang wong-wong mau:

Page 186: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 9.17–24 45

“Kowe iku padha udur bab apa?” 17Wong akehmau banjur ana siji kang matur: “Guru, anakkula kula sowanaken dhateng Panjenengan,jalaran kapanjingan dhemit ingkang damelbisunipun. 18Saben-saben dhemit punikanyandhak anak kula, lajeng dipun banting ingsiti, cangkemipun lajeng muruh, untunipunkerot-kerot, badanipun dados kaken. Kulasampun nedha tulung dhateng para sakabatPanjenengan, supados nundhung dhemitipun,nanging sami boten saged.” 19Gusti Yesusbanjur ngandika: “Heh, jinis kang ora duwepangandel, nganti pira lawase anggonKukudu tetunggalan karo kowe? Nganti piralawase anggonKu kudu nyabari kowe? Bocaheprenekna!”20Bocahe banjur diaturake. Bareng roh

mau weruh Gusti Yesus, bocahe banjurdieweng-eweng, ditibakake ing lemah lanbanjur gulung, cangkeme muruh. 21GustiYesus banjur ndangu marang bapaknebocah mau: “Wis pira lawase anggonnekataman mangkene iki?” Atur wangsulane:“Sampun wiwit alit mila. 22Sarta asring dipundhawahaken ing latu utawi wonten ing toya,badhe dipun sirnakaken. Awit saking punika,manawi Panjenengan saged, karsaa paringpiwelas dhateng kula.” 23Paring wangsulaneGusti Yesus: “Kandhamu: Manawi Panjenengansaged. ora ana barang kang mokal tumrapwong kang kumandel!” 24Bapakne bocah maubanjur matur sora: “Kula pitados, mugi karsaaparing pitulungan dhateng kula, ingkang boten

Page 187: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 9.25–32 46

pitados punika!” 25Bareng Gusti Yesus mirsawong akeh padha teka ngrubung, banjurndukani dhemite, pangandikane: “Heh, rohkang marakake bisu lan budheg, dhawuhKumarang kowe: Metua saka ing bocah iki lanaja koksurupi maneh!” 26Dhemite banjurmetu karo jerit-jerit, bocahe dieweng-ewengsakatoge, nganti katon kaya bocah mati,malah akeh wong kang alok: “Bocahe wismati.” 27Gusti Yesus nuli ngasta tanganebocah mau, diadegake, banjur ngadeg.28Nalika Gusti Yesus wis lumebet ing

sawijining omah, lan mung kaadhep deningpara sakabate thok, para sakabat mau maturpitakon, “Punapaa dene kawula sami botensaged nundhung dhemit wau?” 29Paringwangsulane Gusti Yesus: “Jinis iki ora bisaditundhung kajaba mung sarana pandonga.”

Gusti Yesus paring sumurup kangkaping pindhone bab anggonebakal nandhang sangsara

9:30-32Mt 17:22-23 Lk 9:43-45

30Tumuli padha mangkat saka ing kono,nratas ing tanah Galilea, karsane Gusti Yesusaja ana wong kang weruh, 31amarga lagiparing piwulang marang para sakabate,pangandikane: “Putrane Manungsa bakalkaulungake marang tangane wong, bakaldisedani, nanging sawise disedani, ing telungdinane bakal wungu maneh.” 32Para sakabat

Page 188: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 9.33–38 47

padha ora ngreti marang pangandika mau,nanging padha ora wani miterang.

Bab sapa kang dhuwur dhewe

9:33-37Mt 18:1-5 Lk 9:46-48

33Sawise mangkono banjur padha teka ingkutha Kapernaum. Bareng wis ana ing dalem,Gusti Yesus ndangu marang para sakabate:“Apa sing padha kokrembung ana ing dalanmau?” 34Nanging kabeh padha menengbae, sabab nalika ana ing dalan mau padhapadudon bab sapa kang dhuwur dhewe ingantarane para sakabat iku. 35Gusti Yesusbanjur lenggah, sakabat rolas padha ditimbalilan dipangandikani mangkene: “Sing sapakapengin dadi pangarep, iku dadia kang keridhewe lan dadia paladene wong kabeh.”36Gusti Yesus banjur mundhut bocah cilik,diadegake ing tengah, nuli dirangkul sartangandika marang para sakabat: 37 “Sing sapanampani bocah pepadhane iki atas jenengKu,iku ateges Aku kang ditampani. lan sing sapanampani Aku, iku dudu Aku kang ditampaani,nanging kang ngutus Aku.”

Kang ora nyulayani iku ngrojongi

9:38-41Lk 9:49-50

38Yokanan matur marang Gusti Yesus: “Guru,kawula sami sumerep tiyang ingkang sanes

Page 189: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 9.39–47 48

golongan kawula, nundhung setan atas asmaPaduka, lajeng kawula awisi, amargi sanesgolongan kawula sadadya.” 39Nanging paringwangsulane Gusti Yesus: “Aja kokpenging,awit ora ana wong kang nindakake mukjijatatas jenengKu, banjur ngala-ala Aku. 40Singsapa ora nyulayani kita dadi ngrojongi kita.41Aku pitutur marang kowe: Satemene singsapa aweh ngombe marang kowe banyusacangkir, marga kowe iku pandherek SangKristus, iku mesthi bakal tampa ganjaran.”

Bab sesandhungan

9:42-50Mt 18:6-9 Lk 17:1-2

42 “Sing sapa dadi sandhungan tumrappara cilik kang padha pracaya iki, ikuluwih becik manawa dikalungana watupanggilingan lan dicemplungna ing sagara.43Sarta manawa tanganmu dadi sandhungantumrap kowe, kethoken, amarga luwih becikkowe lumebu ing urip kalawan kuthung,katimbang ganep tanganmu nanging dibuwangmenyang ing naraka, ing geni kang ora kenadisirep; 44 [kang singgate ora mati, lan orakasirep genine.] 45Lan manawa sikilmu dadisandhungan tumrap kowe, kethoken, awitluwih becik kowe lumebu ing urip kalawanbuntung, katimbang karo ganep sikilmu,nanging kacemplungake ing naraka; 46 [kangsinggate oar mati, lan ora kasirep genine.]47Lan manawa mripatmu dadi sandhungan,

Page 190: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 9.48–10.6 49

cuplaken, awit luwih becik kowe lumebu ingKratonin Allah kalawan pece, katimbang karoganep mripatmu, nanging kacemplungake ingnaraka, 48kang singgate ora mati lan genineora kasirep.49Awit saben wong bakal dibumboni geni.50Uyah iku pancen gedhe paedahe, nanging

manawa ilang asine, kang kagawe mulihakerasane apa?Kowe padha tansah duwea uyah ana ing

batinmu lan padha tansah rukuna.”

Bab pegatan

10:1-12Mt 19:1-9

101Gusti Yesus tumuli jengkar saka ingkono tindak menyang ing tlatahe tanah

Yudea lan tlatahe sabrange bengawan Yarden.Ana ing kono iya banjur akeh wong kan padhakumrubut sowan ing ngarsane lan kaya adatetumuli padha diparingi piwulang. 2Banjurana wong Farisi kang padha sowan, sedyanearep nyoba marang Gusti Yesus, unjuke:“Punapa tiyang jaler dipun kengingaken megatsemahipun?” 3nanging paring wangsulane:“Dhawuhe nabi Musa marang kowe kapriye?”4Atur wangsulane wong-wong mau: “NabiMusa marengaken megat, nanging kedahnyukani serat pegat.” 5Pangandikane GustiYesus: “Iya marga saka wangkoting atimu iku,mula Nabi Musa banjur macak pepakon ikutumrap ing kowe. 6Amarga wiwit dumadining

Page 191: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 10.7–15 50

jagad Allah nitahake manungsa iku arupalanang lan wadon. 7Mulane wong lanangiku kudu ninggal bapa-biyunge lan rumaketmarang rabine, 8 sarta loro-lorone iku banjurdadi daging siji, temah wis ora ana loromaneh, nanging mung siji. 9Kang iku apakang wis didadekake siji dening Allah iku, orakena dipisah dening manungsa.”10Bareng wis padha ana ing omah, para

sakabat padha miterang bab iku manehmarang Gusti Yesus. 11Banjur padhadipangandikani mangkene: “Sing sapa megatbojone banjur rabi oleh wong wadon liyane,iku dadi laku jina tumrap rabine mau. 12Lanmanawa bojone mau ninggal sing lanang,banjur omah-omah oleh wong lanang sejene,iku iya laku jina.”

Gusti Yesus mbarkahi bocah-boah

10:13-16Mt 19:13-15 Lk 18:15-17

13Sawise iku nuli ana wong kang padhanyowanake bocah-bocah menyang ingngarsane Gusti Yesus, supaya padha diasta,nanging padha disrengeni dening parasakabat. 14Bareng Gusti Yesus mirsa,Panjenengane duka, sarta para sakabatpadha dipangandikani mangkene: “Cikbenbocah-bocah padha sowan marang Aku,aja kokpenggak, amarga wong kang kayamangkono iku kang nduweni Kratoning Allah.15Aku pitutur marang kowe: Satemene sing

Page 192: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 10.16–22 51

sapa anggone nampani Kratoning Allah orakaya bocah cilik, iku ora bakal lumebu ingkono.” 16Bocah-bocah mau tumuli padhadirangkuli sarta padha dibarkahi kalawankatumpangan asta.

Wong sugih angel bisanelumebu ing Kratoning Allah

10:17-27Mt 19:16-26 Lk 18:18-27

17Nalika Gusti Yesus arep nglajengaketindake, ana wong kang mlayu-mlayu sowaning ngarsane, banjur sujud lan matur pitakon:“Dhuh, Guru ingkang utami, punapa ingkangkedah kula lampahi, supados angsal gesanglanggeng?” 18Paring wangsulane GustiYesus: “Yagene kowe ngarani Aku utama?Ora ana kang utama, kajaba mung siji:Gusti Allah. 19Kowe mesthine wis sumuruppepakon: Sira aja memateni, aja laku jina, ajanyenyolong, aja ngucapake paseksi goroh, ajagawe pituna marang wong; sira ngajenanabapa-biyungira!” 20Wong mau banjur matur:“Guru, sadaya punika sampun kula tetepi wiwitalit mila.” 21Gusti Yesus nuli mirsani wong maukanthi raos tresna, banjur ngandika: “Mungkari saprakara kakuranganmu: Mundura,barang darbekmu dolana kabeh, pepayonewenehna marang wong-wong miskin, temahankowe bakal tampa bandha kaswargan, banjurbalia mrene, melua Aku!” 22Bareng krungupangandika mangkono iku, wong mau gela

Page 193: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 10.23–29 52

atine, banjur mundur kalawan sedhih, amargaakeh barang darbeke.23Gusti Yesus banjur mirsani ngiwa nengen

marang para sakabate lan ngandika, “Pancenangel banget tumraping wong sugih bisanemlebu ing Kratoning Allah.” 24Para sakabatpadha gumun ngrungokake pangandikane iku.Nanging Gusti Yesus tumuli ngandika maneh:“He, bocah-bocah, lumebu ing Kratoning Allahiku pancen angel banget. 25Luwih gampangunta nalusup ing bolonganing dom katimbangkaro wong sugih bisane lumebu ing KratoningAllah.” 26Para sakabat saya mundhak gumune,banjur padha rerasanan: “Yen mangkonosapa ta kang bisa tampa karahayon?” 27GustiYesus mirsani wong mau kabeh lan ngandika:“Tumraping manungsa iku mokal, nanging oramangkono tumraping Allah. Amarga tumrapingAllah samubarang kabeh bisa kalakon.”

Ganjaran tumrap parapandhereke Gusti Yesus

10:28-31Mt 19:27-30 Lk 18:28-30

28Petrus tumuli matur marang Gusti Yesus:“Lah kawula punika sampun sami nilarsamukawis sadaya lajeng sami ndherekPaduka.” 29Paring wangsulane Gusti Yesus:“Aku pitutur marang kowe: Satemene sabenwong kang marga saka Aku lan marga sakaInjil ninggal omahe, sadulure lanang apawadon, ibune apa bapakne, anak-anake

Page 194: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 10.30–34 53

utawa pategalane, 30wong iku, saiki, ingwektu iki uga, bakal tampa sembulih tikelsatus: omah, sadulur lanang, sadulur wadon,ibu, anak lan pategalan sanadyan kanthipanganiaya maneka warna, lan ing jamanbesuk bakal tampa urip langgeng. 31nangingpara pangarep akeh kang bakal dadi pamburi,lan para pamburi bakal dadi pangarep.”

Gusti Yesus paring sumurupkang kaping telune bab anggone

bakal nandhang sangsara

10:32-34Mt 20:17-19 Lk 18:31-34

32Nalika samana lagi padha bebarenganmunggah menyang ing Yerusalem, Gusti Yesustindak ana ing ngarep. Para sakabat padhangungun, sarta wong-wong kang ndherekakepadha rumangsa wedi. Sakabat rolas nuliditimbali maneh, banjur wiwit dipangandikanibab apa kang bakal kalakon tumrap ingsarirane, 33pangandikane: “Saiki aku kabehmenyang Yerusalem lan Putraning Manungsabakal kaulungake marang para pangarepingimam lan para ahli Toret, banjur bakalkaukum pati lan bakal kaulungake marangbangsa-bangsa kang durung wanuh marangAllah, 34 lan bakal dipoyoki, diidoni, disapusarta dipateni lan sawise telung dina bakaltangi.”

Page 195: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 10.35–42 54

Panyuwune Yakobus lan Yokanan.

Ora ngereh, nanging ngladeni

10:35-45Mt 20:20-28

35Yakobus lan Yokanan, anak-anakeZebedheus, padha nyedhaki Gusti Yesus lanmatur: “Guru, kawula sami nyuwun, mugiPaduka karsaa ngabulaken panyuwunankawula.” 36Paring wangsulane Gusti Yesus:“Karepmu Dakkapakake?” 37Unjuke: “Benjingwonten ing kamulyan Paduka, keparengakawula linggih satunggal ing tengen, satunggalwonten ing kiwa Paduka.” 38Nanging GustiYesus ngandika: “Kowe padha ora ngretiapa kang padha koksuwun. Apa kowe bisangombe ing tuwung kang bakal Dakunjuklan dibaptis kalawan baptis kang bakalDaktampani?” 39Atur wangsulane: “Inggihsaged.” Pangandikane Gusti Yesus: “Pancen,kowe bakal padha ngombe ing tuwung, kangbakal Dakunjuk, lan bakal dibaptis kalawanbaptis kang bakal Daktampani. 40Nanging bablinggih ing tengenKu lan ing kiwaKu iku Akuora wenang marengake. Iku bakal kaparingakemarang wong-wong kang wis cinadhang.”41Bareng sakabat kang sapuluh krungu kang

mangkono iku, padha nepsu marang Yakobuslan Yokanan. 42Nanging banjur padha ditimbaliGusti Yesus sarta dipangandikani: “Kowepadha ngreti, yen kang jeneng pamarentahing

Page 196: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 10.43–49 55

bangsa-bangsa iku masesani rakyate, lanpara panggedhe padha kaampilan panguwasangereh marang rakyat mau. 43Nanging ana ingantaramu ora mangkono. Sing sapa kapengindadi gedhe ana ing antaramu, iku dadiapaladenmu, 44 sarta sing sapa kapengin dadipangarep ana ing antaramu, iku dadia baturewong akeh. 45Amarga Putraning manungsa ikurawuhe ora supaya diladeni, nanging sumedyangladosi lan masrahake nyawane minangkapanebuse wong akeh.”

Gusti Yesus nyarasake Bartimeus

10:46-52Mt 20:29-34 Lk 18:35-43

46Banjur padha tekan ing kutha Yerikho.Nalika Gusti Yesus tindak miyos saka ingYerikho, kadherekake dening para sakabate lanwong akeh gumrudug, ana wong ngemis wuta,jenenge Bartimeus, anake Timeus, linggihndheprok ing pinggir dalan. 47Bareng krungu,yen iku Gusti Yesus saka ing Nasaret, banjurwiwit nguwuh-uwuh, unjuke: “Dhuh, GustiYesus, tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawulamugi Paduka welasi!” 48Banjur disendhuing wong akeh, dikon meneng. Nangingmalah saya seru anggone nguwuh-uwuh:“Dhuh, tedhakipun Sang Prabu Dawud,kawula mugi Paduka welasi!” 49Gusti Yesustindake tumuli kendel lan dhawuh: “Undangenmrene!” Wong picak mau banjur diparaniwong akeh lan dikandhani: “Wis, sing tatag

Page 197: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 10.50–11.5 56

atimu, ngadega, kowe ditimbali.” 50Wongngemis mau banjur cucul jubahe, tumulingadeg lan enggal-enggal sowan menyanging ngarsane Gusti Yesus. 51Gusti Yesusndangu: “Karepmu Dakkapakake?” Wong picakmau matur: “Rabbuni, mugi kawula sagedaningali!” 52Gusti Yesus banjur ngandika: “Wis,mundura, pangandelmu kang mitulungi kowe!”Padha sanalika wong picak mau bisa ndeleng,banjur ndherekake tindake Gusti Yesus.

Gusti Yesus diarak rawuh ing Yerusalem

11:1-11Mt 21:1-9 Lk 19:28-38 Yo 12:12-15

111Barang lakune wis cedhak Yerusalem,cedhak ing desa Betfage lan Betania,

ing gunung Zaitun, Gusti Yesus tumuli ngutussakabat loro, 2padha kaweling mangkene:“Padha menyanga ing desa ngarepmu iku.Yen kowe mengko wis mlebu ing kono,kowe bakal mrangguli belo cancangan,kang durung tau ditunggangi ing wong.Iku uculana lan gawanen mrene. 3Denemanawa ana wong kang ngaruh-aruhi kowe:Kadospundi panjenengan kok makaten, banjurwangsulana: Punika kagem Gusti, mangkeenggal badhe dipun wangsulaken malih.”4Kang kautus banjur mangkat, belone iyakatemu dicancang ana ing jaban lawang ingpinggir dalan, nuli diuculi. 5Wong sawatarakang ana ing kono padha takon: “Punikakadospundi, kok belonipun panjenengan

Page 198: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 11.6–13 57

uculi?” 6 Iku iya diwangsuli kaya piwelingeGusti Yesus, temah wong-wong mau padhameneng bae. 7Belone banjur dituntunmenyang ing ngarsane Gusti Yesus, nulidilarabi ing jubahe, Gusti Yesus banjurnitih. 8Akeh wong kang padha njerengjubahe ana ing dalan, ana maneh kangnyebar pang-pang ijo anggone mbabadi ingpategalan. 9Wong-wong kang mlaku ana ingngarep lan kang mlaku ana ing buri padhanguwuh-uwuh,“Hosanna!Binarkahana kang rawuh atas asmaning

Pangeran.10Binarkahana Kraton kang rawuh,Kratone leluhur kita Sang Prabu Dawud,hosanna ing ngaluhur!”11Bareng wis rawuh ing Yerusalem, Gusti

Yesus banjur lumebet ing Padaleman Suci,mirsani samubarang kabeh kang ana ingkono, nanging sarehne wis sore, banjur tindakmenyang Betania, kadherekake sakabaterolas.

Gusti Yesus nyupaosi wit anjir

11:12-14Mt 21:18-19

12Esuke nalika padha mangkat saka ingBetania, Gusti Yesus kerapan. 13Barengmirsa ing kadohan ana wit anjir kang wisana godhonge, tumuli dipurugi, bokmanawabisa manggih apa-apa. Nanging sarawuhe

Page 199: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 11.14–19 58

ing kono, ora manggih apa-apa kajaba munggodhong, amarga pancen durung mangsawoh anjir. 14 Ing kono Gusti Yesus banjurngandikani wit iku: “Aja nganti ana wong kangmangan wohmu maneh ing salawas-lawase!”Para sakabat padha krungu pangandikane iku.

Gusti Yesus nundhungi wong kang padhadol-tinuku ana ing Padaleman Suci

11:15-19Mt 21:12-13 Lk 19:45-48 Yo 2:13-16

15Lakune wis padha tekan ing Yerusalem,Gusti Yesus bareng wis lumebet ingPadaleman Suci, banjur tumandang nundhungiwong-wong kang padha dol-tinuku ana ingplataraning Padaleman Suci. Meja-mejapareyalan lan bangku-bangkune wong adolmanuk dara padha digolingake 16 sarta oramarengake wong nggawa barang-barang liwating plataraning Padaleman Suci. 17Wong-wong banjur padha diparingi piwulang,pangandikane: “Apa ora ana tulisan kangmuni: PadalemaningSun kasebut dalempamujan kanggo sakehing bangsa? Nangingwis kokdadekake kedhung begal!” 18Parapangareping imam lan para ahli Toret padhakrungu lelakon iku, banjur mbudidaya bisanenyedani Panjenengane, amarga padha wedimarang Panjenengane, awit wong akeh padhakaeraman kabeh ngrungokake piwulange.19Bareng wis sore Gusti Yesus jengkar sakaing kutha kadherekake para sakabat.

Page 200: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 11.20–26 59

Wit anjir kang wis mati

Piwulang bab ndedonga

11:20-26Mt 21:20-22

20Esuk uthuk-uthuk, nalika padha liwat ingpanggonane wit anjir mau, para sakabatpadha weruh, yen wite wis garing dalasanoyod-oyode pisan. 21Petrus banjur kelinganapa kang wis kelakon, nuli matur marangGusti Yesus: “Rabbi, cobi kapirsanana, witanjir ingkang Paduka supaosi punika sampungaring.” 22Paring wangsulane Gusti Yesus:“Padha kumandela marang Allah! 23Akupitutur marang kowe: Satemene sing sapacalathu marang gunung iki: Mumbula lannyegura ing sagara, uger sajroning batin oramangu-mangu, nanging pracaya yen apakang diucapake iku mesthi kalakon, mesthiiya bakal kalakon. 24Mulane Aku pituturmarang kowe: Apa bae kang koksuwunlan kokdongakake, padha ngandela yenkowe wus kaparingan, dadi iku mesthi iyabakal kaparingake marang kowe. 25 lan yenkowe padha ngadeg ndedonga, mangka anapanggresahmu marang wong ing sajroningatimu, iku apuranen dhisik, supaya Ramamukang ana ing swarga iya ngapura sakabehingkaluputanmu. 26 [Balik manawa kowe padhaora ngapura, Ramamu kang ana ing swargaiya bakal ora ngapura ing kaluputanmu.”]

Page 201: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 11.27–33 60

Pitakon bab panguwaose Gusti Yesus

11:27-33Mt 21:23-27 Lk 20:1-8

27Kacarita lakune wis padha tekan ingYerusalem. Nalika Gusti Yesus lagi lumampahana ing plataraning Padaleman Suci, tumuliana pangareping imam, ahli-ahli Toret lanpinituwa-pinituwa kang padha sowan ingngarsane 28 lan matur pitakon: “Panjenengannindakaken makaten-makaten punikakanthi panguwaos ingkang pundi? Tuwinsinten ingkang maringi panguwaos kanggenindakaken punika sadaya?” 29Paringwangsulane Gusti Yesus: “Aku Daktakonsaprakara dhisik marang kowe kabeh. Ikuwangsulana dhisik, mengko Aku iya bakalngandhakake marang kowe, Aku nindakakekabeh-kabeh iku kanthi panguwasa singendi. 30Pambaptise Nabi Yokanan iku sakaing swarga apa saka manungsa, marawangsulana.” 31Wong-wong mau banjurpadha rembugan mangkene: “Upama akupadha kandha: Saka ing swarga, mesthidiwangsuli: Yen mangkono, yagene kowepadha ora pracaya? 32Nanging masa iya akubakal padha kandha: Saka manungsa!” Sababpadha wedi marang wong akeh, awit kabehpadha nganggep, yen Nabi Yokanan iku nabitemenan. 33Banjur padha matur marangGusti Yesus: “Kula sami boten sumerep.”Pangandikane Gusti Yesus marang wong-wong

Page 202: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 12.1–7 61

mau: “Yen mangkono, Aku iya ora kandhamarang kowe, Aku nindakake samubarangkabeh iku kanthi panguwasa sing endi.”

Pasemon bab wong-wong kangnggarap kebon anggur kang duraka

12:1-12Mt 21:33-46 Lk 20:9-19

121Gusti Yesus banjur wiwit ngandikamarang wong-wong mau kalawan

pasemon, “Ana wong gawe pakebonan anggurlan dipageri mubeng. Nuli ndhudhuk juganganpapan pameresan sarta ngadegake panggungpanjagan. Sawise mangkono pakebonan ikudisewakake marang wong-wong kang bakalpadha nggarap, banjur lelungan menyangtanah ngamanca. 2Bareng wus tumeka ingmangsane, wong mau kongkonan baturmarani saperanganing pametune pakebonanmenyang wong sing padha nggarap. 3Nangingbatur iku banjur dicekel dening wong-wongmau lan digebugi banjur dikon bali nglenthung.4Kang duwe pakebonan tumuli kongkonanbatur liyane. Wong iki dipenthungi nganti tatusirahe sarta diwirang-wirangake. 5Banjur anabatur siji maneh kang dikongkon, iki malahdipateni. Lan isih akeh maneh liyane, ana kangdigebugi lan ana kang dipateni. 6Saiki mungkari siji, yaiku anake kang ditresnani. Wasanaiki iya dikongkon marang wong-wong mau,pamikire: Anakku mesthine dieringi. 7Nangingwong-wong kang nggarap pakebonan mau

Page 203: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 12.8–14 62

nuli padha rembugan mangkene: Lah ikuahli warise, ayo padha dipateni bae, mengkowarisane banjur kita kang nduweni. 8Mulaneiya banjur dicekel lan dipateni, nuli dibuwangmenyang ing sajabaning kebon anggur. 9Saiki,apa kang bakal ditindakake dening kang duwepakebonan anggur iku? Mesthi bakal tekamrono, wong-wong kang nggarap bakal padhaditumpes, kebone anggur nuli dipitayakakemarang wong sejene. 10Apa kowe durung taumaca nas iki:Watu kang dibuwang dening para juru gawe

omahiku wis dadi watu kang baku ana ing pojok.

11 Iku pakaryaning Pangeran,sawijining bab kang nggumunake ing

pandeleng kita.”12Wong-wong mau banjur padha mbudi-daya

nyekel Gusti Yesus, amarga padha ngreti,yen sing dikarepake dening pasemon maudheweke kabeh. Nanging padha wedi marangwong akeh, mulane banjur padha mundur,Panjenengane ditogake bae.

Bab caos pajeg marang Sang Nata Agung

12:13-17Mt 22:15-22 Lk 20:20-26

13Wong-wong mau banjur kongkonan wongFarisi lan wong Herodhian sawatara sowaning ngarsane, sedyane arep nyengkolongPanjenengane sarana pitakonan. 14Kongkonanmau padha ngadhep lan matur: “Guru, kula

Page 204: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 12.15–19 63

sami sumerep, bilih Panjenengan punika jujur,tuwin boten ajrih dhateng sinten kemawon,amargi Panjenengan boten mawang tiyang,nanging mulangaken bab margining Allah ingsaleresipun. Caos paos dhateng Sang NataAgung punika punapa dipun kengingaken?Kula kedah nyaosi punapa boten?” 15NangingGusti Yesus mirsa marang lamise wong-wongmau, banjur ngandika: “Yagene kowe padhanyoba marang Aku? Aku jupukna dhuwitdinar siji, arep Dakdeleng!” 16Banjur dicaosisiji. Panjenengane nuli ndangu: “Iki gambaresapa lan iki tulisane sapa?” Atur wangsulanewong-wong mau: “Gambar saha seratanipunSang Nata Agung.” 17Pangandikane GustiYesus maneh: “Mulane Sang Nata Agungcaosana kang dadi kagungane Sang NataAgung, lan marang Gusti Allah kang dadikagungane Gusti Allah.” Wong-wong maupadha kaeraman marang Panjenengane.

Atur pitakone wong Saduki bab patangen

12:18-27Mt 22:23-33 Lk 20:27-40

18Tumuli ana wong Saduki sawatara kangsowan ing ngarsane, yaiku kang duwepanemu, yen patangen saka ing antaranewong mati iku ora ana; iku padha maturpitakon: 19 “Guru, nabi Musa sampun maringidhawuh dhateng kula sadaya: Manawi wontentiyang ingkang gadhah sadherek jaler tilardonya, nilar semah boten tilar anak, punika

Page 205: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 12.20–27 64

sadherekipun wau kedah ningkah ingkangestri, supados saged gadhah turun kanggesadherekipun ingkang tilar wau. 20Kalampahanwonten sadherek jaler pitu; ingkang kapisanemah-emah, nanging tilar donya boten tilaranak. 21 Ingkang estri lajeng dipun ningkahdening sadherekipun ingkang angka kalih,lan ugi tilar donya boten tilar anak. Makatenugi ingkang angka tiga. 22Makaten ingsalajengipun, pitu-pitunipun sami boten tilaranak. Wasana sapengkeripun sadaya punika,tiyang estri wau inggih lajeng pejah. 23Benjingdinten patangen, manawi tiyang-tiyang wausami tangi, sinten ingkang dados semahipuntiyang estri punika? Amargi pitu-pitunipunsampun sami dados semahipun.” 24Banjurpadha diparingi wangsulan: “Kowe iku padhakesasar, iku amarga kowe ora padha ngretimarang Kitab Suci lan marang panguwasaneGusti Allah. 25Awit manawa wong wistangi saka ing antarane wong mati, iku oraomah-omah utawa ora diomah-omahake,nanging uripe kaya malaekat ing swarga.26Lan uga bab tangine wong mati, apa koweora maca ing kitab Musa, bab grumbul eri,anggone Gusti Allah ngandika marang NabiMusa: Ingsun iki Allahe Abraham, AllaheIshak, lan Allahe Yakub? 27Panjenengane ikududu Allahe wong mati, nanging Allahe wongurip. Kesasar banget kowe iku!”

Page 206: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 12.28–33 65

Pepakon kang gedhe dhewe

12:28-34Mt 22:34-40 Lk 10:25-28

28Banjur ana sawijining ahli Toret, kangkrungu anggone padha bebantahan lan ngreti,manawa paring wangsulane Gusti Yesusmarang wong-wong mau wis prayoga, ikunuli sowan ing ngarsane lan matur pitakon:“Pepaken ingkang ageng piyambak punikaingkang pundi?” 29Paring wangsulane GustiYesus: “Pepakon kang gedhe dhewe ikumangkene: Rungokna, heh, wong Israel,Pangeran Allah kita iku siji. 30Sira tresnaamarang Allahira kalawan gumolonging atinira,lan kalawan gumolonging nyawanira, sartakalawan gumolonging budinira apadenekalawan sakabehing kakuwatanira. 31Denepepakon kang kapindho yaiku: Sira tresnaamarang ing sapepadhanira kaya marangawakira dhewe. Ora ana pepakon liyane kangngungkuli pepakon loro iku.” 32Ahli Toret maumatur marang Gusti Yesus: “Kasinggihan,Guru, pangandika Panjenengan punika leres,bilih Gusti Allah punika namung satunggal,boten wonten sanesipun kajawi punika.33Pancen, tresna dhateng Gusti Allah kalayangumolonging manah, kalayan gumolongingbudi, saha kalayan sadaya kakiyatan, punapadene tresna dhateng sasami-sami kadosdenepunika dhateng badanipun piyambak, punikalangkung dening utami yen katimbang

Page 207: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 12.34–37 66

kaliyan sadaya kurban obaran tuwin kurbansembelehan.” 34Gusti Yesus mirsa, yenwangsulane wong mau kanthi pambudi,mulane banjur ngandika: “Kowe iku ora adohkaro Kratoning Allah!” Sabanjure ora ana wongkang wani matur apa-apa maneh marangGusti Yesus.

Gegayutane Gusti Yesuskaro Sang Prabu Dawud

13:35-37Mt 22:41-46 Lk 20:41-44

35 Ing sawijining dina, nalika pinuju paringpiwulang ana ing Padaleman Suci, Gusti Yesusngandika: “Kapriye dene para ahli Toret bisangarani, yen Sang Kristus iku tedhake SangNata Dawud? 36Mangka Sang Prabu Dawudpiyambak marga saka katuntun dening RohSuci ngandika mangkene:Dhawuhe Pangeran marang Gustiku:

Sira lenggaha ing tengeningSun,nganti kabeh mungsuhira wus padha

Sunselehake ing sangisoringtlapakanira.

37Sang Prabu Dawud piyambak nyebat Gusti,nanging kapriye dene dadi tedhake?” Anadeneakeh banget wong kang padha dhemenngrungokake pangandikane.

Page 208: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 12.38–43 67

Gusti Yesus paring piwulang, supayapadha ngati-ati marang para ahli Toret

12:38-40Mt 23:5-7 Lk 20:45-47

38 Ing sajroning piwulange iku Gusti Yesusngandika: “Sing padha ngati-ati marang paraahli Toret, kang padha dhemen mlaku-mlakunganggo jubah dawa lan seneng diurmati anaing pasar-pasar, 39kang padha dhemen linggihing ngarep dhewe ana ing papan pangibadahlan ana ing pambujanan, 40kang padhanguntal omahe para randha, lan kekedhokdonga kang dawa. Wong-wong iku mesthibakal luwih abot paukumane.”

Pisungsunge randha miskin

12:41-44Lk 21:1-4

41Nalika Gusti Yesus lenggah ing ngareppethi pisungsung, mirsani wong akeh anggonepadha nglebokake dhuwit ing pethi mau.Wong kang sugih-sugih akeh kang padhanyemplungake pisungsung akeh. 42Banjurana sawijining randha miskin kang iyanglebokake pisungsung, kehe rong igar,yaiku sadhuwit. 43Para sakabat banjur padhaditimbali lan dipangandikani: “Aku pituturmarang kowe: sanyatane pisungsunge randhamiskin iku luwih akeh katimbang sakabehingwong kang padha nyemplungake dhuwit ing

Page 209: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 12.44–13.3 68

pethi pisungsung, 44amarga kabeh padhamisungsung saka ing kaluwihane, dene randhaiki nyaosake saka ing kakurangane, malahkabeh kang dadi duweke, yaiku kabeh kangminangka panguripane.”

KHOTBAH

BAB WEKASANING JAMAN

Bab rusake Padaleman Suci

13:1-2Mt 24:1-2 Lk 21:5-6

131Nalika Gusti Yesus jengkar sakaing Padaleman Suci, ana sawijining

sakabat kang matur: “Guru, cobi mirsananakekahipun sela-sela punika saha endahipunyeyasan punika!” 2Gusti Yesus banjur paringwangsulan, pangandikane: “Kowe nyawangyeyasan kang gedhe endah iki? Besuk bakalora ana watu kang lestari tumumpang ingwatu liyane, kabeh bakal padha dijugrugi.”

Wiwitane sangsara

13:3-13Mt 24:3-14 Lk 21:7-19

3Bareng Gusti Yesus lenggah ing gunungZaitun adhep-adhepan karo Padaleman Suci,Petrus, Yakobus, Yokanan lan Andreas maturpitakon dhewekan marang Panjenengane:

Page 210: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 13.4–11 694 “Paduka mugi karsaa paring sumerep,benjing punapa kelampahanipun bab punikasaha punapa ingkang badhe dados alamatipun,manawi sadaya punika wau sampun badhekelampahan?”5Gusti Yesus bajur wiwit ngandika: “Kowe

padha sing awas, aja nganti kowe disasarakeing wong! 6Bakal akeh wong kang padha tekanganggo jenengKu lan calathu: Iya aku iki,sarta bakal nasarake wong pirang-pirang. 7Lanmanawa kowe padha krungu swaraning perangutawa kabar-kabar perang, aja padha kaget,sabab iku kabeh kudu kalakon, ewadene ikuisih durung pungkasane. 8Awit bangsa bakalmerangi bangsa, karajan merangi karajan.Bakal ana lindhu ing pirang-pirang panggonan,apadene bakal ana pailan. Iku mau kabehmung dadi wiwitaning sangsara, ngarepakejaman anyar.9Nanging kowe sing awas, sing ngati-ati!

Kowe bakal padha diladekake marang pradataagama, lan kowe bakal padha digebugi anaing papan pangibadah sarta bakal disebakakemarang ngarsane para kang ngasta panguwasalan para raja marga saka Aku, minangkapaseksi ana ing ngarsane. 10Nanging Injilkudu diwartak-wartakake dhisik marangsakabehing bangsa. 11Dene manawa kowediirid diladekake, kowe aja sumelang ing babapa kang bakal dadi aturmu, nanging aturnaapa kang nalika iku diparingake marang koweamarga dudu kowe, kang calathu, nangingSang Roh Suci.

Page 211: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 13.12–20 7012Sadulur bakal ngulungake padha sadulur

marang paukuman pati, bapa ngulungakeanake sarta ana-anak bakal padha mbalelamarang wong-tuwane lan mateni wong-tuwane. 13Kowe bakal padha disengiti deningwong marga saka asmaKu, nanging sing sapamantep nganti tumeka ing wekasan, iku bakalrahayu.”

Bab sangsara gedhe lankristus-kristus palsu

13:14-23Mt 24:15-28 Lk 21:20-24

14 “Manawa kowe padha weruh pangrusakkang ambek siya ngadeg ana ing papankang dudu samesthine -- sing padha macapadha migatekna -- wong-wong kang ana ingtanah Yudea padha ngungsia menyang ingpagunungan. 15Kang pinuju ana ing payon,aja mudhun njupuk barang saka ing omahe16 lan wong kang lagi ana ing pategalan iyaaja mulih njupuk sandhangane. 17Nangingsangsara banget para ibu kang lagi ngandhegutawa kang nusoni ing mangsa iku. 18padhandedongaa, supaya kalakone iku kabeh ajambeneri mangsa padhidhing. 19Amarga ingnalika iku bakal ana kasangsaran kang oraana pepadhane wiwit dumadining donya, kangkatitahake dening Pangeran, nganti tumekaing saiki lan kang ing besuk iya bakal orakalakon maneh. 20Lan saupama Pangeran orangungkret wektune, ora ana kumelip kang

Page 212: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 13.21–27 71

lestari slamet; nanging amarga saka parapepilihan, kang wis kapilih dening Pangeran,wektune kaungkret.21 Ing nalika iku manawa ana wong kang

kandha marang kowe: Delengen, SangKristus ana ing kene, utawa: Delengen, SangKristus ana ing kana, aja kokandel. 22Sababbakal ana kristus-kristus lan nabi-nabipalsu kang jumedhul lan kang nganakakepratandha-pratandha sarta mukjijat-mukjijat,karepe, yen bisa arep nasarake para pepilihan.23Mulane sing padha ngati-ati! Sadurunge ikukabeh wis Daktuturake marang kowe.”

Rawuhe Putraning Manungsa

Pasemon bab wit anjir

13:24-32Mt 24:29-36 Lk 21:25-33

24 “Ananging ing wektu iku, sawisekasangsaran mau kalakon, srengenge bakaldadi peteng lan rembulan ora bakal samunar25 sarta lintang-lintang bakal padha tiba sakaing langit, apadene pikukuhing langit bakalpadha gonjing. 26 Ing nalika iku wong bakalpadha weruh Putraning Manungsa rawuhnitih mega kalawan ngagem sakabehingpanguwasa lan kamulyane. 27 Ing wektu ikuuga para malaekate bakal kadhawuhan metunglumpukake para pepilihane saka ing keblatpapat, wiwit ing wekasaning bumi nganti tekaning wekasaning langit.

Page 213: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 13.28–37 7228Padha methika piwulang saka ing pasemon

bab wit anjir. Samangsa pangpange wiwitmemes lan semi, iku kowe padha ngreti, yenwis meh mangsa panas. 29Mangkono uga,manawa kowe padha sumurup sakabehingkadadean mau, padha ngretia, yen wiscedhak, wis ana in ngarep lawang. 30Akupitutur marang kowe: Sanyatane jinis ikiora bakal sirna sadurunge iku mau kabehkalakon. 31 langit lan bumi bakal sirna, nangingtembungKu ora bakal sirna.32Nanging mungguh dinane lan wayahe, iku

ora ana wong kang sumurup, para malaekating swarga ora ngreti, sarta Sang Putra iyaora, kajaba mung Sang Rama.”

Piwulang bab jumaga

13:33-3733 “Sing padha ngati-ati lan tansah padha

meleka! Sabab kowe ora padha sumurup ingwektune. 34Upamane kaya wong lelungan,omahe ditinggal dipasrahake marang parabature, kang siji-sijine padha diwenehikawajiban dhewe-dhewe sarta juru regol dikonmelek. 35Mulane padha meleka, awit koweora sumurup, kapan tekane kang duwe omahmau, ngarepake bengi, apa tengah wengi,utawa wayah jago kluruk, apa bangun esuk.36 iku supaya manawa dheweke teka, ajanganti kowe tinemu lagi turu. 37Apa kangwis Dakpangandikakake marang kowe, iku

Page 214: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 14.1–6 73

Dakwarahake marang sakabehing wong:Padha meleka!”

Ngrantam nyedani Gusti Yesus

14:1-2Mt 26:1-5 Lk 22:1-2 Yo 11:45-53

141Kacarita kurang rong dina wis riyayaPaskah lan riyaya Roti Tanpa Ragi. Para

pangareping imam lan para ahli Toret padhagolek dalan bisane nyekel lan nyedani GustiYesus kalawan paekan 2 sabab tembunge:“Aja ing wektu riyaya, supaya ora nggegerakewong akeh.”

Gusti Yesus dhahar ana ing desa Betaniasarta kajebadan dening Maryam

14:3-9Mt 26:6-13 Yo 12:1-8

3 Ing nalika Gusti Yesus ana ing desa Betania,ana ing omahe Simon Budhug lan pinujudhahar, ana wong wadon kang marak karonggawa gendul watu isi lenga jebad naredtulen, kang akeh ajine. Gendule nuli dipecah,lengane banjur diesokake ing mustakaneGusti Yesus. 4Pratingkah mangkono ikundadekake muring-muringe sawenehing wonglan padha rasanan: “Yagene lenga jebad ikudiebreh-ebreh mangkono? 5Sabab saupamadiedola, mesthi payu luwih saka telung atusdinar, kena didanakake marang wong miskin.”Wong wadon mau banjur disrengeni. 6Nanging

Page 215: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 14.7–12 74

Gusti Yesus ngandika: “Nengna bae wongiku. Yagene kowe padha gawe ribeding atine?Wong iku nindakake panggawe becik marangAku. 7Sabab wong miskin iku salawase anaing kowe, kowe bisa mitulungi sawanci-wanci,nanging Aku ora bakal salawase ana ingkowe. 8Wong iku wus nindakake apa kangbisa ditindakake. SariraKu wus dijebadiminangka pacawisan tumrap anggonKubakal kasarekake. 9Aku pitutur marangkowe: Satemene anaa ing ngendi bae Injilkawartakake ing saindenging jagad iki, apakang ditindakake iku iya bakal kacaritakakeminangka pangeling-eling marang dheweke.”

Yudas arep ngloropake Gusti Yesus

14:10-1110Sawuse mangkono, Yudas Iskariot, kang

kagolong sakabat rolas, lunga nemoni parapangareping imam arep ngulungake GustiYesus. 11 Iku bareng krungu padha bungahsarta janji bakal ngopahi dhuwit dheweke.Yudas banjur golek dalan kang prayoga bisanengulungake Gusti Yesus.

Bujana Paskah kang wekasan

14:12-21Mt 26:17-25 Lk 22:7-14, 21-23 Yo 13:21-30

12Nalika dina kapisan ing riyaya RotiTanpa Ragi, yaiku dina panyembelehingwedhus Paskah, para sakabate Gusti Yesus

Page 216: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 14.13–21 75

padha matur: “Karsa Paduka, kawula samikadhawuhan cecawis Paskah kagem Padukawonten ing pundi?” 13Gusti Yesus banjurngutus sakabat loro kalawan dipangandikanimangkene: “Padha menyanga kutha; ana ingkana kowe bakal kapethuk karo wong ngindhitjun isi banyu. Iku etutna, 14 lan kandhaamarang wong kang duwe omah, kang dileboniwong mau: Piwelingipun Guru: Endi kamarkang dicawisake, kang bakal Dakanggo dhaharPaskah karo para sakabatKu? 15Wong maubanjur bakal nuduhake kamar kang jembarana ing loteng, kang wis katata miranti. Padhanyawisna Paskah ana ing kono kanggo akukabeh!” 16Karone banjur padha mangkat lansatekane ing kutha, tinemune iya kaya kangwis kapangandikakake dening Gusti Yesus.Banjur padha nyawisake Paskah.17Bareng sore Gusti Yesus rawuh ing kono

kadherekake sakabate rolas. 18nalika padhalinggih mangan, Gusti Yesus ngandika:“Aku pitutur ing kowe: satemene anapanunggalanmu siji kang bakal ngulungakeAku, yaiku kang ndherek dhahar Aku.”19Kabeh banjur padha sedhih atine, lanpadha matur genti-genti: “Rak sanes kawulata, Gusti?” 20Paring wangsulane: “Wongiku salah sawijining panunggalamu rolasiki, kang nyelupake roti ing pinggan karoAku. 21Putraning Manungsa pancen bakaljengkar ngetrepi apa kang wis katulis tumrapPanjenengane, nanging bilai wong kang dadi

Page 217: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 14.22–25 76

margane Putraning manungsa kaulungake.Luwih becik, saupama wong iku ora lair.”

Gusti Yesus netepakepranatan Bujana Suci

14:22-25Mt 26:26-29 Lk 22:15-20 1Kr 11:23-25

22Nalika padha mangan, Gusti Yesus banjurmundhut roti, sawise dibarkahi tumuli dicuwil-cuwil sarta diparingake marang para sakabat,kalawan ngandika: “Padha tampanana, ikisariraKu.” 23Sawise mangkono, Gusti Yesusbanjur mundhut tuwung, lan sawise saossokur tuwung nuli diparingake marang parasakabat. Kabeh banjur padha ngombe saka ingtuwung mau. 24Pangandikane Gusti Yesus: “IkigetihKu, getihing prajanjian, kang diwutahakekanggo wong akeh. 25Aku pitutur marangkowe: Satemene Aku ora bakal ngombemaneh saka pametune wit anggur, ngantitumeka dinane Aku bakal ngombe kang anyarana ing Kratoning Allah.”

Page 218: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 14.26–31 77

Gusti Yesus paring sumurup babanggone para sakabat bakal

padha nyingkur Panjenengene.

Petrus bakal nyelaki Gusti

14:26-31Mat 26:30-35 Lk 22:31-34 Yo 13:36-38

26Sawise padha ngrepekake kidung pamuji,banjur padha menyang ing gunung Zaitun.27Gusti Yesus nuli ngandika: “Kowe kabeh

bakal padha kacuwan marga saka Aku.Sabab ana tulisan mangkene: Ingsun bakalnggebag juru pangon, sarta wedhus-wedhusebakal padha pating slebar. 28Nanging sawiseAku katangekake, Aku bakal ndhisiki kowemenyang ing tanah Galilea.” 29Petrus banjurmunjuk: “Sanadyan sadaya sami kacuwan,kawula temtu boten.” 30Pangandikane GustiYesus: “Aku pitutur marang kowe: Satemeneing dina iki, ing bengi iki uga, sadurunge jagokluruk ping pindho, kowe bakal wis nyelaki Akukaping telu.” 31Nanging Petrus saya nemenanggone munjuk: “Sanadyan kawula ngantospejah sesarengan kaliyan Paduka, kawulaboten badhe nyelaki Paduka.” Liya-liyane iyapadha munjuk mangkono.

Page 219: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 14.32–40 78

Ana ing taman Getsemani

14:32-42Mt 26:36-46 Lk 22:39-46

32Bareng padha tekan ing panggonan kangaran Getsemane, Gusti Yesus ngandika marangpara sakabat: “Padha linggiha ana ing kene,sajrone Aku ndedonga.” 33Petrus, Yakobuslan Yokanan padha kadhawuhan ndherek.Panjenengane kraos ajrih banget lan gumeter,34banjur ngandika marang sakabat-sakabatmau: “Aku prihatin banget, rasane ngantikaya arep mati. Kowe padha anaa ingkene lan meleka.” 35Panjenengane banjurmlampah sawatara tindak, nuli sumungkeming bumi sarta ndedonga, manawa pancendiparengake, muga wektu iku sumingkirasaka ing Panjenengane. 36Ature: “Dhuh Abba,Rama, kagem Paduka boten wonten barangingkang mokal, mila mugi karsaa nyingkirakentuwung punika saking Kawula, nangingsampun ngantos kajeng Kawula, namunga ingsakarsa Paduka.”37Sawise mangkono Panjenengane banjur

wangsul, katelune padha katemu turu. Nulingandika marang Petrus: “Simon, kowe kokturu? Apa kowe ora kuwat melek sajam bae?38Padha meleka lan ndedongaa, supaya koweora tumiba ing pangodha; roh iku cumadhang,nanging daging iku ringkih.” 39Banjur tindakmaneh lan ndedonga kaya sing dhisik mau.40Bareng wangsul, para sakabate lagi padha

Page 220: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 14.41–48 79

turu, amarga mripate mbliyut sarta ora padhangreti kudu ngaturake wangsulan kapriyemarang Panjenengane.41Bareng wangsul kaping telune banjur

ngandika: “Saiki turua lan ngasoa. Wis samenebae, iki wis wancine, delengen, PutraningManungsa diulungake marang tangane parawong dosa. 42Tangia, ayo padha lunga, singngulungake Aku wis cedhak.”

Gusti Yesus dicepeng

14:43-52Mt 26:47-56 Lk 22:47-53 Yo 18:1-11

43Nalika Gusti Yesus isih ngandika, Yudaskang dadi panunggalane sakabat rolas,dumadakan teka bebarengan karo wongsagrombolan kang padha asikep pedhang lanpenthung, yaiku utusane para pangarepingimam, ahli Toret lan para pinituwa. 44Wongkang ngulungake Panjenengane wis awehtandha marang wong-wong mau mangkene:“Wong kang dakcucup, yaiku wonge, cekelenlan dhabyangen sing kenceng.” 45Barengwis tekan ing kono Yudas banjur marepekiGusti Yesus sarta matur: “Rabbi,” nuli nucup.46Wong-wong mau banjur padha ngebyuknyekel Gusti Yesus. 47Salah sawijining wongkang ana ing kono ngunus pedhange lanbanjur disabetake marang abdining ImamAgung, temah perung kupinge. 48Gusti yesusngandika marang wong-wong mau: “Apakokkira Aku iki begal, kok dadi kowe padha

Page 221: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 14.49–57 80

mrene nyekel Aku kanthi asikep gegamanpedhang lan penthung? 49Mangka sabendina Aku ana ing satengahmu, memulangana ing Padaleman suci; Aku ora kokcekel.Nanging surasaning Kitab Suci pancen kudukayektenan.”50Para sakabat banjur padha lumayu, ninggal

Panjenengane.51Nalika samana ana wong nom-noman

ndherekake Gusti Yesus, kang mung kemullawon, iku iya arep dicekel, 52nanging tumulininggal lawone, lumayu wuda.

Gusti Yesus ana ingngarepe pradata Yahudi

14:53-65Mt 26:57-68 Lk 22:54-55, 63-71 Yo 18:12-14, 19-2453Gusti Yesus banjur kadhabyang menyang

ing daleme Imam Agung. Para pangarepingimam, pinituwa lan ahli Toret padha nglumpukana ing kono. 54Kacrita Petrus ngodhol marangGusti Yesus nganti tekan ing plataraning ImamAgung, banjur linggih awor para abdi, karoapi-api.55Para pangareping imam, malah sapepake

pradata, padha golek paseksen kang kanggonggugat Gusti Yesus, supaya bisa dipatrapipaukuman pati, nanging ora oleh. 56Akehwong kang padha ngaturake paseksen palsu,nanging siji lan sijine ora bisa gathuk. 57Banjurana wong sawatara kang ngaturake paseksenrerekan, nglawan Gusti Yesus kalawan

Page 222: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 14.58–65 81

pandakwa mangkene: 58 “Kula sampun samimireng tiyang punika wicanten makaten:Padaleman Suci gaweaning manungsa iki arepDakrubuhake, lan sajroning telung dina akubakal ngadegake liyane, kang dudu gaweaningmanungsa.” 59Paseksen iki uga cengkah karopaseksen liyane.60 Imam Agung banjur jumeneng ana ing

satengahing parepatan nuli ndangu marangGusti Yesus: “Apa Kowe ora mangsuli apa-apatumrap pandakwaning seksi-seksi marangKowe iku?” 61Nanging Gusti Yesus kendelbae, ora maringi wangsulan apa-apa. ImamAgung ndangu maneh marang Panjenengane:“Apa Kowe Sang Kristus, Putraning KangMahapinuji?” 62Paring wangsulane GustiYesus: “Iya Aku iki Panjenengane, lankowe kabeh bakal padha ndeleng PutraningManungsa lenggah ing satengene KangMahakuwasa lan rawuh nitih meganinglangit.” 63 Imam Agung banjur nyuwek-nyuwekpangagemane lan ngandika: “Apa prelune isihnganggo seksi maneh? 64Panjenengan sadayasampun mireng anggenipun nyenyamah GustiAllah, kadospundi panimbang panjenengan?”Wong-wong kabeh padha sarujuk, yenPanjenengane kudu diukum pati. 65Banjurana wong sawatara kang wiwit ngidoniPanjenengane, nutupi pasuryane lan ngantemikaro kandha: “Heh, Nabi, coba mecaa!”Dalasan para abdi iya padha napuki.

Page 223: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 14.66–72 82

Petrus nyelaki Gusti Yesus

14:66-72Mt 26:69-75 Lk 22:56-62 Yo 18:15-18, 25-27

66Nalika iku Petrus isih ana ngisor, ana ingplataran. Banjur ana wong wadon, abdineImam Agung, kan teka, 67 lan bareng weruhPetrus api-api, ditamatake raine, banjuralok: “Sampeyan niku enggih melu Yesus,tiyang Nasaret niku.” 68Nanging Petrus selak,wangsulane: “Kula boten ngreti sing mangkarepake niku.” Petrus banjur menyanging pandhapa. 69Bareng wong wadon mauweruh Petrus maneh, banjur kandha-kandhamarang wong-wong kang ana ing kono:“Tiyang niki enggih tunggale nika.” 70NangingPetrus selak maneh. Ora let suwe wong-wongkang ana ing kono padha calathu marangPetrus: “Sampeyan niku genah tunggale,napa malih sampeyan tiyang Galilea!” 71 Ingkono Petrus banjur wiwit nyupatani lansumpah: “Kula boten wanuh kalih tiyang singmang kandhakake niku!” 72Nalika iku jagotumuli kluruk kaping pindhone. Petrus banjurkelingan marang pangandikane Gusti Yesusmarang dheweke: “Sadurunge jago klurukping pindho, kowe wis nyelaki Aku kapingtelu.” Banjur nangis senggruk-senggruk.

Page 224: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 15.1–8 83

Gusti Yesus ana ing ngarsane Sang Pilatus

15:1-15Mt 27:1-2, 11-26 Lk 23:1-5, 13-25 Yo 18:28--19:16

151Bareng wayah bangun esuk parapangarepe imam, karo para pinituwa lan

para ahli Toret sarta kabeh warganing PradataAgama wis padha gilig rembuge. Gusti Yesusbanjur kabesta lan didhabyang diladekakemarang ngarsane Sang Pilatus. 2Sang Pilatusnuli ndangu marang panjenengane: “PunapaPanjenengan ratunipun tiyang Yahudi?” GustiYesus mangsuli, pangandikane: “Panjenenganpiyambak ingkang ngandika makaten.” 3Parapangarepe imam banjur padha ngaturakepanggugat pirang-pirang prakara tumrap GustiYesus. 4Sang Pilatus ndangu maneh marangPanjenengane, pangandikane: “PunapaPanjenengan boten mangsuli punapa-punapa?Mangka kathah sanget pandakwanipuntiyang-tiyang punika dhateng Panjenengan.”5Nanging Gusti Yesus ora mangsuli apa-apamaneh, temah Sang Pilatus eram.6Wis dadi adat kalumrahan saben dina gedhe

Sang Pilatus ngluwari wong ukuman siji,sing dikarepake dening wong akeh. 7Nalikasamana ana wong sing jenenge Barabas, singlagi diukum bebarengan karo pambrontakliyane sawatara, kang sajrone ngraman mauwis mateni wong. 8Nalika samana banjur anawong akeh kang padha teka lan nyuwun,supaya adat kalumrahan mau dilestarekake.

Page 225: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 15.9–18 849Sang Pilatus mangsuli lan ndangu: “Apakarepmu supaya aku ngluwari ratune wongYahudi iki?” 10 Jalaran pancen mirsa, yen parapangarepe imam anggone ngulungake GustiYesus iku marga saka drengkine. 11Nangingpara pangarepe imam mau padha nojok-ojokiwong akeh supaya nyuwun luware Barabas.12Sang Pilatus banjur mangsuli maneh lanndangu marang wong-wong mau: “Yenmangkono, wong kang kokarani ratune wongYahudi iku dakkapakake?” 13Wong-wongnuli padha nguwuh-uwuh maneh: “Kasalibakemawon!” 14Sang Pilatus nuli ngandika:“Dosane apa ta?” Nanging wong-wongsaya seru anggone padha nguwuh-uwuh:“Kasaliba!” 15Sarehne Sang Pilatus karsadamel mareming atine wong akeh, mulaneBarabas banjur diluwari, dene Gusti Yesusbanjur disapu lan sawise mangkono nulidipasrahake supaya disalib.

Gusti Yesus kagawe sawenang-wenang

15:16-20aMt 27:27-31 Yo 19:2-3

16Gusti Yesus banjur kadhabyang deningpara prajurit menyang ing plataran jero, inggedhong pangadilan, sarta banjur padhangundang kanca-kancane sagolongan kabeh.17Gusti Yesus nuli diagemi jubah wungu.Wong-wong mau banjur nganam makuthaeri diagemake ing mustakane. 18Sawisemangkono banjur padha wiwit ngurmati

Page 226: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 15.19–27 85

Panjenengane, pangucape: “Ngaturakensalam, dhuh ratunipun tiyang Yahudi.”19Mustakane banjur dipenthungi nganggoglagah, diidoni lan disembah karo jengkeng.20Sawise disawenang-wenang mangkono iku,agemane jubah wungu dicopot lan disantunipangagemane piyambak.

Gusti Yesus kasalib

15:20b-32Mt 27:32-44 Lk 23:26, 33-43 Yo 19:17-24

(15-20b) Sawise mangkono Gusti Yesusbanjur kadhabyang metu arep disalib. 21Nalikasamana ana wong liwat jenenge Simon, wongKirene, bapakne Aleksander lan Rufus, lagibali saka ing pategalan. Iku dipeksa dikonmanggul salibe Gusti Yesus.22Gusti Yesus banjur diirid menyang

pangonan kang aran Golgota, tegese:pacumplungan. 23Tumuli dicaosi ngunjukanggur kang dicampuri mur, nanging ora karsa.24Gusti Yesus banjur disalib, pangagemanenuli diedum-edum sarana diundhi, supayakasumurupana pandumane dhewe-dhewe.25Nalika Gusti yesus kasalib iku mbeneri

wayah jam sanga. 26 Ing sadhuwure anatulisan, kang mratelakake apa sababe kaukum,unine: “Ratune wong Yahudi.”27Ana begal loro kang disalib bebarengan

karo Gusti Yesus, kang siji ana ing tengen,sijine ana ing kiwane Panjenengane.

Page 227: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 15.28–36 8628 [Iya iku kayektenane tulisan kang

mangkene: “Panjenengane kaetang aworkalawan wong durjana.”]29Wong-wong kang padha liwat ing kono,

padha ngala-ala Panjenengane, padhacalathu kambi gedheg-gedheg, “Heh, Kowesing arep ngrubuhake Padaleman Suci lanarep mbangun maneh sajrone telung dina,30mudhuna saka ing salib, luwarana awakMu!”31Mangkono uga para pangarepe imam karopara ahli Toret, iya padha moyoki lan padhasapocapan mangkene: “Wong liya padhaditulungi, nanging nulungi awake dheweora bisa! 32Sang Kristus, ratune Israel ikucikben mudhun saka ing salib, supaya akubisa ndeleng lan pracaya.” Dalasan wong lorokang kasalib bareng karo Panjenengane ikuiya memada marang Panjenengane.

Gusti Yesus seda

15:33-41Mt 27:45-56 Lk 23:44-49 Yo 19:28-30

33Bareng jam rolas ana pagowong kangnglimputi satanah kabeh nganti jam telu.34Lan ing wayah jam telu iku mau GustiYesus nguwuh kalawan swara sora: “Eloi, Eloi,lama sabakhtani?” Iku tegese: “Dhuh, AllahKawula, Allah Kawula, punapaa Kawula Padukategakaken?” 35Ana wong sawatara kangpadha ngadeg ing kono, bareng krungu kangmangkono mau, padha ngucap: “Rungokna,Dheweke ngundang Nabi Elia.” 36Banjur

Page 228: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 15.37–43 87

ana wong kang enggal-enggal teka nggawajamur karang, dicelupake ing anggur kecut,dislundepake ing glagah, tumuli dicaosakemarang Gusti Yesus supaya diunjuk, sartangucap mangkene, “Iya, coba padha dientenilan dideleng, Nabi Elia apa rawuh ngudhunakeDheweke.” 37Gusti Yesus banjur nyuwarasora lan masrahake nyawane. 38Nalika ikugubahe Padaleman Suci banjur suwek dadiloro, wiwit ing dhuwur tumeka ing ngisor.39Panggedhene prajurit, kang ngadeg anaing ngarsane Gusti Yesus, bareng nyumurupianggone seda mangkono iku, banjur ngucap:“Sanyata, wong iku Putraning Allah.”40Uga ana wong wadon sawatara kang padha

nyawang saka ing kadohan, panunggalanekayata Maryam Magdalena, Maryam ibuneYakobus Anom lan Yoses, sarta Salome. 41 Ikukabeh wis ndherekake tindake Gusti Yesus lanngladosi ing kabetahane nalika ana ing tanahGalilea. Lan ing kono iya isih ana wong wadonliyane kang akeh cacahe, kang padha teka ingYerusalem bebarengan karo Gusti Yesus.

Gusti Yesus kasarekake

15:42-47Mt 27:57-61 Lk 23:50-56 Yo 19:38-42

42Nalika samana wayahe wis sore, lan ikudina pacawisan, yaiku dina ngarepake Sabat.43Mulane Yusuf, wong Arimatea, warganingPradata Agung kang kajen keringan, kanguga nganti-anti marang Kratoning Allah,

Page 229: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 15.44–16.4 88

banjur nekad sowan ngadhep marang ingngarsane Sang Pilatus nyuwun layone GustiYesus. 44Sang Pilatus eram, dene Gusti Yesuswis seda. Banjur nimbali panggedheningprajurit lan ndangu, apa Gusti Yesus wis seda.45Sawuse midhangetake paturane panggedheprajurit mau,banjur maringake layone marangYusuf. 46Yusuf nuli tuku mori alus, layoneGusti Yesus banjur diudhunake, sarta diulesimori mau. Sawise mangkono layon nulidisarekake ing kubur tatahan ing parang.Lawangane kubur banjur ditutupi watu kangdiglundhungake mrono. 47Maryam Magdalenalan Maryam ibune Yoses padha weruh prenahesumarene Gusti Yesus.

Wungune Gusti Yesus

16:1-8Mt 28:1-10 Lk 24:1-12 Yo 20:1-10

161Bareng dina Sabat wis kliwat, MaryamMagdalena lan Maryam ibune Yakobus

apadene Salome padha tuku anggi-anggi,banjur arep menyang pasarean njebadiGusti Yesus. 2Wayah esuk uthuk-uthuking dina kapisan ing minggu iku, mbarengipletheking srengenge, wong wadon maupadha teka ing pasarean. 3Banjur padhasapocapan mangkene: “Sapa sing bakalnulungi ngglundhungake watune saka inglawangane pasarean?” 4Nanging bareng padhandeleng saka ing cedhakan, banjur katon, yenwatune sing pancen gedhe temenan iku, wus

Page 230: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 16.5–8 89

gumlimpang. 5Nuli padha lumebu in pasareanlan padha weruh priya nom-noman lenggah ingsisih tengen, ngagem jubah putih, temahanpadha kaget. 6Nanging priya nom-noman ikubanjur ngandika marang para wong wadonmau: “Aja padha wedi! Kowe padha nggolekiGusti Yesus saka ing Nasaret, kang wiskasalib, Panjenengane wis wungu. Ora ana inkene. Padha delengen! Iki panggonan kangkanggo nyarekake Panjenengane. 7Nangingsaiki padha lungaa, para sakabate lan Petruskandhanana: Panjenengane ngrumiyini kowekabeh menyang ing tanah Galilea. Ana ingkana kowe bakal padha ndeleng Panjenengane,kaya kang wis dipangandikakake marangkowe kabeh.” 8Wong-wong wadon mau banjurmetu padha mlayu saka ing pasarean, amargapadha kataman giris lan gumeter, dadi oratutur apa-apa marang sapa-sapa, marga sakawedine.Kanthi ringkes kabeh piwelinge malaekat

mau wis ditekakake marang Petrus lankanca-kancane. Sawise iku Gusti Yesuspiyambak lumantar para sakabate martakakekabar kang suci lan kang ora bakal kenakasirnakake, yaiku bab karahayon kanglanggeng iku wiwit saka ing wetan ngantitekan ing kulon.

Page 231: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 16.9–15 90

Gusti Yesus ngatingal bola-bali lanngutus para sakabate

16:9-189Bareng Gusti Yesus wus wungu ing dina

kapisan ing minggu iku, Panjenengane banjurngatingal marang Maryam Magdalena, yaikukang biyen kapanjingan dhemit pitu, nangingwis padha ditundhungi dening Gusti Yesus.10Wong wadon mau nuli lunga aweh pawartabab iku mau marang kabeh wong, kang biyentansah ndherek Gusti Yesus, lan kang ingwektu iku pinuju padha susah lan nangis.11nanging bareng padha krungu, yen GustiYesus gesang lan wis dideleng Maryam, padhaora ngandel.12Sawise iku, Panjenengane ngatingal

kalawan ngagem rupi seje marang wong loropanunggalane, nalika karone padha lumakumenyang ing jaban kutha. 13Wong loro maubanjur bali padha aweh pawarta bab ikumarang kanca-kanca liyane, nanging iyapadha ora ngandel.14Sawuse mangkono Gusti Yesus ngatingal

marang sakabat sawelas, nalika lagi padhamangan, sarta banjur padha ditutuh babcupeting pangandele lan dableging atine, denekok padha ora ngandel marang critane wong-wong kang wis padha ndeleng Panjenenganesawuse wungu. 15Banjur ngandika marangpara sakabat mau: “Padha njlajahana jagadiki kabeh, Injil wartakna marang sakabehing

Page 232: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

MARKUS 16.16–20 91

tumitah. 16Sapa kang pracaya lan kabaptis,bakal rahayu, nanging sing sapa ora pracaya,bakal kaukum. 17Wong kang pracaya iku bakalpadha kinanthenan pratandha mangkene:Marga saka sawabe AsmaKu baka padhabisa nundhungi dhemit, bakal padha calathunganggo basa-basa anyar. 18Bakal padhanyekel ula, lan sanadyan ngombe racun kangmateni, ora bakal ndadekake cilakane. Wonglara kang ditumpangi tangane bakal waras.”

Gusti Yesus mekrad

16:19-2019Sawise ngandika mangkono marang para

sakabat, Gusti Yesus banjur kasengkakakemenyang ing swarga lan lenggah in satengeneGusti Allah. 20Dene para sakabat mau iyabanjur padha ngabarake Injil menyang ingngendi-endi, sarta Gusti paring pambiyantu,sumebaring pangandika kinanthenan paseksenpratandha mawarna-warna.

Page 233: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS

Bebuka

1:1-4

11Sampun kathah tiyang ingkang samindhapuk cariyos bab lelampahan-

lelampahan ingkang dumados wonten ingkalangan kita, 2kadosdene ingkang sami kitatampeni saking tiyang-tiyang, ingkang wiwitsakawit sami nyumerepi piyambak lan samidados paladosing Pangandika. 3Awit sakingpunika, sasampunipun kula nitipriksa sadayakadadosan wau wiwit ing wiwitanipun kanthisaestu, kakencenganing manah kula, lajengkula dadosaken buku ingkang isinipun tumatasaha ingkang lajeng kula aturaken ing ngarsapanjenengan punika, dhuh, Sang Teofilus, 4 ingpangangkah, supados panjenengan sagednguningani, bilih sadaya ingkang sampunkawulangaken dhateng panjenengan punikasaestu leres.

Wasita bab bakal miyoseNabi Yokanan Pambaptis

1:5-255Nalika jamane Sang Prabu Herodhes, nata

ing tanah Yudea, ana sawijining imam, jenengeZakharia, kalebu golongan Abia. Bojone uga

Page 234: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 1.6–17 2

trahe Harun, jenenge Elisabet. 6Sakaronepadha mursid ana ing ngarsane Allah lantansah nindakake pepakon lan pranataningPangeran, ora ana kang luput. 7Nanging oraduwe anak, sabab Elisabet iku gabug lankarone wis padha tuwa.8 Ing sawijining dina, nalika pinuju giliraning

golongane, Zakharia ngimami ana ngarsaningPangeran. 9Sabab nalika diundhi kaya adate,kanggo namtokake imam kang maju ing gawe,dheweke kang katuding lumebu ing PadalemanSuci ngobong dupa. 10Nalika samana umatkabeh kumpul ana ing jaba padha sembahyanging wektu pangobonging dupa. 11 ImamZakharia banjur dikatingali malaekatingPangeran, jumeneng ing satengahing misbyahpadupan. 12 Imam Zakharia bareng weruhkaget lan wedi. 13Nanging malaekat maubanjur ngandika: “Aja wedi, Zakharia, awitpandongamu wis kabul, lan Elisabet, bojomu,bakal nglairake anakmu lanang, iku jenengnaYokanan. 14 Iku bakal ndadekake bungahlan renamu, apadene akeh wong kang bakalbungah marga saka laire bocah mau. 15Mulanemangkono awit iku bakal pinunjul ana ingngarsaning Pangeran, lan bakal ora ngombeanggur utawa liya-liyane kang mendemi, sartabakal kapenuhan ing Roh Suci wiwit saka ingguwagarbane ibune. 16Apadene bakal njalariakeh wong Israel padha mratobat marangPangeran, Allahe, 17 tuwin bakal lumaku dadicecala ndhisiki tindake Pangeran kanthi roh lanpanguwasane Elia, supaya bisaa mbalekake

Page 235: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 1.18–25 3

atine para bapa marang para anak, sartanuntun wong mursal marang kamursidan,dadine nyawisake umat kang sembada tumraping Pangeran!” 18Zakharia banjur munjukmarang malaekat mau: “Kadospundi anggenkawula saged mangretos, bilih bab punikasaestu badhe kalampahan? Sabab kawulasampun sepuh, saha semah kawula sampunlungse ing wanci.” 19Paring wangsulanemalaekat: “Aku iki Gabriel sing ngladosi GustiAllah lan aku diutus ndhawuhi kowe, sartanglantarake pawarta kabungahan iki marangkowe. 20Lah, kowe bakal bisu lan ora bisacaturan nganti tekan titimangsa kalakone ikukabeh, amarga kowe ora ngandel marangkandhaku kang mesthi bakal kalakon ingwektu kang wis katamtokake.”21Kacarita wong akeh, kang padha ngenteni

Imam Zakharia, padha gumun, dene suwetemen anggone ana ing Padaleman Suci.22Bareng metu, ora bisa ngucap marang wongakeh iku, banjur padha mangreti, yen Zakhariamentas tampa wahyu ana ing PadalemanSuci. Wasana mung aweh sasmita bae jalarantetep bisu. 23Bareng ing dina rampungingkawajibane, Zakharia banjur mulih.24Kacarita ora let suwe Elisabet, bojone nuli

ngandheg lan sajroning limang sasi ora taumetu-metu, pangucape: 25 “Ya iki pandamelePangeran marang aku anggone karsa ngluwariaku saka ing kawiranganku ana ing ngarepingwong.”

Page 236: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 1.26–35 4

Wasita bab bakal miyose Gusti Yesus

1:26-3826Bareng wis nem sasine Gusti Allah ngutus

malaekat Gabriel menyang ing sawijiningkutha ing tanah Galilea kang aran Nasaret,27manggihi prawan kang pacangan karowong kang aran Yusuf, tedhake Sang PrabuDawud. Prawan mau jenenge Maryam.28Nalika malaekat mau lumebu ing omaheMaryam, banjur ngandika: “Bagea, kowe kangkinasihan, Pangeran tansah nganthi marangkowe.” 29Krungu pangandika mangkono ikuMaryam kaget, lan nggagas, apa tegeseiku. 30Malaekat nuli ngandika: “Aja wedi,Maryam, awit kowe oleh sih-kanugrahan anaing ngarsaning Pangeran. 31Lah kowe bakalngandheg lan bakal mbabar Putra kakung.Iku asmakna Yesus. 32Panjenengane bakalpinunjul lan bakal kasebut Putraning AllahKang Mahaluhur. Apadene Gusti Allah bakalmaringi marang Panjenengane dhampare SangPrabu Dawud, leluhure. 33Sarta Panjenenganebakal jumeneng dadi Ratuning para turuneYakub nganti salawas-lawase, tuwin kratoneiku bakal ora ana wekasane.” 34Maryambanjur matur marang malaekat mau:“Punika sagedipun kalampahan kadospundi,jalaran kawula dereng emah-emah?” 35Paringwangsulane malaekat: “Roh Suci bakal nedhakikowe, sarta kuwasane Kang Mahaluhur bakalngayomi kowe; mulane Putra kang bakal miyos

Page 237: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 1.36–45 5

iku bakal kasebut suci, Putraning Allah. 36LahElisabet, sanakmu, kang wis tuwa iku, iya lagingandhut anak lanang, dene saprene wis nemsasi, mangka wis diarani gabug. 37Amargatumraping Allah ora ana barang kang mokal.”38Maryam banjur munjuk, “Sumangga, kawulapunika abdinipun Pangeran, kadhatenganakadosdene ingkang Paduka ngandikakaken.”Sawise mangkono malaekat banjur tindak,niar Maryam.

Maryam tilik Elisabet

1:39-4539Nalika samana Maryam banjur enggal-

enggal mangkat menyang kutha ingpagunungan tanah Yehuda. 40Bareng lumebuing omahe Zakharia tumuli uluk-salam marangElisabet. 41Kocapa nalika Elisabet krunguuluk-salame Maryam, bayi kandhutanenggronjal, wasana Elisabet banjur kapenuhaning Roh Suci 42 sarta kalawan sora calathu:“Kowe iku binarkahan ana ing antaranewong wadon kabeh, apamaneh binarkahanawohing kandhutanmu. 43Sapa ta aku iki, denenganti karawuhan ibune Gustiku? 44Amargasanyatane, bareng uluk-salammu umama ingkupingku, bayi kandhutanku nggronjal, margasaka senenge. 45Lah rahayu, kang wis pracayaiku, salam apa kang dipangandikakake deningPangeran marang wong iku, mesthi bakalkalakon.”

Page 238: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 1.46–55 6

Pamujine Maryam

1:46-5646Maryam banjur ngucap mangkene:“Nyawaku ngluhurake Pangeran47 lan aku bungah marga saka Allah,

Juruslametku.48Sabab Panjenengane wis ngudaneni

asoring abdine.Lah wiwit saiki sakehing turun bakal ngaran

aku rahayu,49 jalaran Kang Mahakuwasa wis nindakake

pakaryan-pakaryan kang pinunjulmarang aku sarta suci asmane.

50Tuwin rahmate turun-tumurun tumrapwong kang wedi asih marangPanjenengane.

51Panjenengane ngatingalake panguwaosekaawan pakaryaning astane lanmbuyarake wong kang angkuh atine.

52Panjenengane nglorod wong-wong kangkuwasa saka ing kalenggahane, lanngumurake wong kang asor.

53Panjenengane ngluberake samubarangkang becik marang wong kang keluwen,lan wong kang sugih padha tinundhunglegeh.

54Panjenengane nulungi Israel, abdine, awitenget marang rahmate,

55kaya kang wis kaprasetyakake marangleluhur kita, marang Rama Abraham

Page 239: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 1.56–66 7

lan turun-turune, kanggo ingsalawas-lawase.”

56Maryam anggone ana ing omahe Elisabetmau watara telung sasi, banjur mulih.

Miyose Nabi Yokanan Pambaptis

1:57-6657Bareng Elisabet anggone ngandheg wis

tekan ing leke, banjur nglairake jabang-bayilanang.58Nalika tangga-teparone lan sanak-sadulure

krungu pawarta yen Gusti Allah wis paring sihkamurahane kang samono gedhene iku, padhamelu bungah. 59 Ing wolang dinane wong-wongmau padha teka njenengi, anggone bayinebakal ditetaki lan bakal dijenengake Zakhariamanut jenenge bapakne. 60Nanging ibunecalathu: “Aja, jenenge kudu Yokanan.”61Pangucape wong akeh mau: “Sanak-sanakmu ora ana sing jenenge mangkono.”62Banjur padha takon marang bapakne kanthisasmita, bakal dijenengake sapa. 63Zakharianuli njaluk sabak lan nulis: “Jenenge kuduYokanan.” Wong kabeh padha gumun. 64Padhasanalika cangkeme lan ilate padha kabuka lanbanjur bisa calathu lan ngluhurake Gusti Allah.65Para tangga-teparone padha ketaman ing

wedi, apadene lelakon mau banjur tansah dadirerasanane wong-wong ing pagunungan Yudeakabeh. 66Lan kabeh wong sing padha krungu,padha tansah mikir sarta ngucap: “Bocah iki

Page 240: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 1.67–74 8

bakale dadi apa ta besuk?” Amarga kaayomaning astaning Pangeran.

Pamujine Zakharia

1:67-8067Zakharia, bapakne, marga saka kapenuhan

ing Roh Suci, banjur medhar wangsit,pangucape:68 “Pinujia Pangeran, Allahe Israel,sabab wis nuweni umate lan paring

pangluwaran.69Panjenengane nukulake sunguning

karahayonkanggo kita ana ing tedhake Sang Prabu

Dawud, abdine,70 -- kaya kang wis kapangandikakake wiwit

kuna mula lumantar para nabine kangsuci --

71 supaya kita luwar saka ing mungsuh-mungsuh kita lan saka ing tanganekabeh wong kang padha sengit marangkita.

72Supaya leluhur kita bisa nyumerepisih-rahmate lan anggone enget marnagprajanjiane kang suci,

73yaiku supaos kang dipangandikakakemarang Rama Abraham, leluhur kita,yen Panjenengane paring kanugrahanmarang kita,

74 supaya kita luwar saka ing tanganingmungsuh,

Page 241: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 1.75–80 9

bisa ngabekti marang Panjenengane tanparasa wedi,

75 ing sajroning kasucen lan kabeneran anaing ngarsane,

sajege urip kita.76Dene kowe, ngger, anakku, bakal kasebut

nabining Allah Kang Mahaluhur,amarga kowe bakal lumaku dadi cecalandhisiki tindake Pangeran prelu nyawisakedalan kagem Panjenengane,77 lan ngretekake umate marang dalaning

karahayon,adhedasar pangapuraning dosa-dosane78marga saka rahmat lan sih-piwelase Allah

kita,kang bakal kaasta anggone bakal ngrawuhi

kita saka ing ngaluhur, Sang Surya-esuk79karsa madhangi sakabehing wong kang

padha andhok ing pepeteng lan ana ingwayanganing pati,

apadene ngenerake sikil kita marangdalaning karahayon.”

80Kacarita bocah mau mundhak-mundhakgedhene lan saya kasantosakake rohe sartabanjur manggon ing pasamunan ngantitumeka ing dina anggone bakal ngatonmarang Banisrael.

Page 242: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 2.1–9 10

Miyose Gusti Yesus

2:1-7Mt 1:18-25

21Nalika samana Sang Nata Agung Agustusparing dhawuh, supaya wong saindenging

karajan agung dicacahake. 2 Iki cacah-jiwakang kapisan kang dianakake nalika SangKirenius jumeneng walinagara ing Siria.3Wong-wong banjur padha mangkat kabeharep ndhaftarake, sawiji-wijine menyang ingkuthane dhewe-dhewe.4Mangkono uga Yusuf iya mangkat saka

ing kutha Nasaret tanah Galilea menyanging tanah Yudea, menyang ing kuthane SangPrabu Dawud, kang aran Betlehem -- amargaasale saka ing brayat lan tedhake Sang PrabuDawud -- 5 supaya didhaftarake bebarengankaro Maryam, pacangane, kang lagi ngandheg.6Bareng wis tekan kono, Maryam anggone

ngandheg wis tekan ing leke, 7banjurmbabar Putra kakung, kang pambajeng, nulidigedhong lan diselehake ing pemakanan,sabab ana ing papan panginepan padha orakomanan panggonan.

Para pangon ing Betlehem

2:8-208Kacarita ing jajahan kono ana pangon-

pangon kang padha nginep ing ara-aranjaga pepanthaning kewane. 9Dumadakan

Page 243: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 2.10–19 11

ana malaekating Pangeran jumeneng ingsacedhake sarta padha kasorotan ing cahyakamulyane Pangeran temahan padha wedibanget. 10Malaekat mau tumuli ngandikamarang wong-wong mau: “Aja padha wedi, lankowe padha dakwartani kabungahan gedhe,kang bakal tumrah marang sabangsa kabeh:11 Ing dina iki wis miyos Juru-slametmu, yaikuSang Kristus, kang jumeneng Gusti, anaing kuthane Dawud. 12Dene kang minangkatengeran marang kowe, mangkene: Kowebakal mrangguli bayi kagedhong sumelehing pamakanan.” 13Dumadakan banjurana balatantra swarga kang akeh bangetcacahe, kang mbarengi malaekat mau sartapadha memuji marang Gusti Allah, sabdane:14 “Kamulyakna Gusti Allah kang ana ingngaluhur lan tentrem-rahayu anaa ing bumi,ing antarane manungsa kang dadi renaningpanggalihe.” 15Kacarita sapengkere paramalaekat menyang ing swarga, para pangonmau padha sapocapan mangkene: “Ayo,padha menyang ing Betlehem, ndeleng apasing wis kalakon ing kana, kaya sing wisdipangandikakake dening Pangeran marangkita.” 16Banjur enggal-enggal mangkat, tumuliketemu karo Maryam lan Yusuf, apadene SangJabang-bayi, kang sumeleh ing pamakanan.17Bareng wus padha nyumurupi, banjur padhanyritakake apa kang wis dipangandikakaketumrap Sang Putra iku. 18Kabeh wong kangpadha krungu, padha gumun marang critanepangon-pangon mau. 19Nanging Maryam

Page 244: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 2.20–25 12

nyathet iku mau kabeh ana ing sajroningatine lan dirasak-rasakake. 20Para pangontumuli padha bali kalawan memuji lanngluhurake Allah, marga sabarang kang wisdirungu lan wis dideleng, cocog karo kang wisdipangandikakake marang wong-wong mau.

Gusti Yesus disupiti landicaosake marang Pangeran

2:21-2421Bareng wis ganep wolung dina, Sang

Timur disupiti lan asmane katetepake Yesus,yaiku asma kang dipangandikakake deningmalaekat sadurunge Panjenengane kinandhuting guwa-garba.22Nalika wis puput dinaning panucene

miturut angger-anggere Nabi Musa, SangTimur banjur kabekta menyang Yerusalemarep dicaosake marang Pangeran, 23kaya kangkatulisan ing angger-anggering Pangeran:“Sakabehing anak lanang pambarep kudukasucekake kagem Gusti Allah,” 24 lan padhasaos kurban, manut apa kang kadhawuhakeana ing angger-anggering Pangeran, arupamanuk deruk sajodho utawa piyik dara loro.

Simeon lan Hana

2:25-4025 Ing kutha Yerusalem ana sawijining wong

jenenge Simeon, wong mursid lan ngabektimarang Allah, kang nganti-anti marang

Page 245: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 2.26–35 13

panglipuring Israel sarta kang ingayomaning Roh Suci. 26 Iku wis pinaringan wangsitdening Sang Roh Suci, yen bakal ora matisadurunge ndeleng Sang Kristus, yaiku kangJinebadan dening Pangeran. 27Marga sakapitedahe Sang Roh Suci, Simeon menyangPadaleman Suci. Nalika Gusti Yesus, SangTimur, dibopong mlebu dening rama ibune, lanbakal katindakake kaya kang wis katamtokakedening angger-anggering Toret, 28Simeonbanjur mbopong Sang Timur kalawan memujimarang Gusti Allah, unjuke:29 “Dhuh, Pangeran, sapunika Paduka

marengaken kawula kesah kalayantemrem rahayu, miturut pangandikaPaduka,

30 sabab mripat kawula sampun nyumerepikarahayon peparing Paduka,

31 ingkang sampun Paduka cawisaken womening sangajenging bangsa sadaya,

32 inggih punika pepadhang ingkangminangka wedharan tumrap bangsa-bangsa sanes saha ingkang dadoskamulyaning umat Paduka, Israel.”

33Rama-ibune kaeraman banget marangkabeh kang diucapake tumrap Panjenenganemau. 34Simeon banjur mberkahi lan calathumarang Maryam, kang ibu: “Lah iki wispinasthi dadi marganing tiba lan tangine wonging Israel pirang-pirang, lan dadi tetengerankang bakal nukulake padudon 35 -- lan atimudhewe bakal katuwek ing pedhang -- supayakalairna pikiraning atine wong akeh.”

Page 246: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 2.36–43 1436Lan maneh ing kono iya ana nabi wadon,

jenenge Hana, anake Fanuel, saka taler Asyer,wis tuwa banget. Sawise omah-omah banjururip bebarengan karo bojone pitung tahun,37 lan saiki wis randha, kang umure wolungpuluh papat taun. Ora mengeng saka ingPadaleman Suci, rina wengi anggone ngabektikalawan pasa lan ndedonga. 38Nalika ikudheweke iya mrono lan ngunjukake panuwunmarang Gusti Allah, sarta nyaritakake babSang Timur mau marang sakabehing wongkang padha nganti-anti marang pangluwaraneYerusalem.39Sawise ngrampungake kabeh kang kudu

dilakoni miturut angger-anggere Pangeran,banjur padha mulih menyang ing kuthapanggonane, yaiku ing Nasaret ing tanahGalilea. 40Sang Putra mau mindhak-mindhakagenge, lan dadi santosa, kapenuhaning kawicaksanan sarta sinungan ingsih-kanugrahaning Allah.

Gusti Yesus yuswa rolas taunana ing Padaleman Suci

2:41-5241 Ing saben taun samangsa riyaya Paskah,

rama-ibune Gusti Yesus menyang ingYerusalem. 42Bareng Gusti Yesus wis yuswarolas taun, padha menyang Yerusalem kayaadate yen pinuju dina gedhe iku. 43Salebarepahargyan, nalika padha mulih, Gusti Yesuskantun ana ing Yerusalem, rama-ibune ora

Page 247: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 2.44–52 15

sumurup. 44Sarehne dikira yen Panjenenganeawor karo wong-wong sing padha mulihtunggal dalan, mulane padha mbacutakelakune nganti sadina, banjur padha nggolekiPanjenengane ana ing antarane para sanakkadang lan para pitepungane. 45Barengora ketemu, banjur padha bali menyangYerusalem karo nggoleki terus. 46Kacaritasawise telung dina ketemu ana ing PadalemanSuci lagi lenggah ana ing satengahe paraalim-ulama, mirengake piwulange, sartatetaken. 47Kabeh wong kang ngrungokakepangandikane padha kaeraman marangkapinterane lan wangsulane. 48Barengrama-ibune weruh padha njenger. Kangibu banjur calathu marang Panjenengane:“Angger, yagene Kowe kok mangkono marangaku. Bapakmu lan aku padha nggoleki Kowekalawan susah.” 49Ature marang rama-ibune:“Punapaa dene panjenengan madosi Kula?Panjenengan punapa boten mirsa, bilih Kulakawajiban wonten ing dalemipun RamaKula?” 50Rama-ibune padha ora nyandhakmarang apa kang dipangandikakake iku.51Panjenengane banjur kondur bebarengankaro kang rama lan kang ibu menyang ingNasaret; sabanjure Panjenengane lestantunkaemong dening rama-ibune. Dene kangibu nyathet prakara iku mau kabeh ana ingsajroning atine.52Kacarita Gusti Yesus saya mindhak ageng,

lan saya mindhak kawicaksanane apadenesaya wuwuh antuk sihing Allah lan manungsa.

Page 248: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 3.1–5 16

Nabi Yokanan Pambaptis

3:1-20Mt 3:1-12 Mk 1:1-8 Yo 1:19-28

31Nalika Sang Nata Agung Tiberius anggonengasta paprentahan wis nyandhak

limalas taune, kalane Sang Pontius Pilatusjumeneng walinagara ing tanah Yudea, lanSang Prabu Herodhes jumeneng ratu-wilayahtanah Galilea, Sang Prabu Filipus sadherekejumeneng ratu-wilayah Iturea lan Trakhonitis,sarta Sang Prabu Lisanias jumeneng ratuwilayah Abilene, 2 ing kalane Sang Hanaslan Sang Kayafas jumeneng Imam Agung,Gusti Allah paring pangandika marang NabiYokanan; putrane Imam Zakharia, anaing ara-ara-samun. 3Nabi Yokanan banjurndlajahi imbange bengawan Yarden kabehsarta nguwuh-uwuh: “Padha mratobata, lanpasrahna awakmu supaya dibaptis, Gusti Allahbakal ngapura dosamu kabeh.” 4 Iki cocok karokang tinulis ing kitab pamedharwangsite NabiYesaya:“Ana swaraning wong kang nguwuh-uwuh

ana ing ara-ara-samun.Padha nyawisna margining Pangeran,

lencengna lurung-lurunge!5Saben jurang bakal kaurugan, lan saben

gunung lan punthuk bakal karata; kangmenggak-menggok bakal kalencengake,

kang mendhak-mandhukul bakal karata,

Page 249: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 3.6–15 176apadene sakabehing daging bakal weruh

karahayon kang saka ing Pangeran.”7Nabi Yokanan banjur ngandika marang

wong akeh kang padha teka nyuwun baptis:“Heh, tetesaning ula bedhudhak, sapa kangakon kowe nyingkiri bebendu kang bakaltumempuh? 8Mulane padha metokna wohkang sembada tumrap pamratobat. Lan ajapadha nduweni pangrasa: Rama Abraham ikurama kita! Awit aku pitutur marang kowe:Gusti Allah kuwaos karya trahing RamaAbraham saka watu-watu iki! 9Wadunge wiscumepak ana ing poking wit, lan saben witkang ora metokake woh kang becik, bakalditegor sarta dicemplungake ing geni.”10Wong akeh mau banjur padha matur

pitakon: “Manawi makaten, punapa ingkangkedah sami kula tindakaken?” 11Paringwangsulane: “Sapa kang duwe klambi loro,wong kang ora duwe wenahana siji, lan singsapa duwe pangan, iya tumindaka mangkono.”12Ana juru-mupu-beya kang uga padhateka arep nyuwun baptis, iku padha maturpitakon: “Guru, kula kedah sami nglampahipunapa?” 13Paring wangsulane: “Aja padhamupu ngluwihi kang wis katamtokake tumrapkowe!” 14Para prajurit uga matur pitakon:“Lah kula, punapa ingkang kedah sami kulalampahi?” Paring wangsulane Nabi Yokanan:“Aja ngrampas lan aja memeres, nrimaa ingblanjamu dhewe.”15Nanging sarehne wong akeh padha

nganti-anti lan padha nggagas, apa baya iki

Page 250: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 3.16–22 18

Sang Kristus, 16Nabi Yokanan banjur paringwangsulan, pangandikane: “Aku iki mbaptisikowe nganggo banyu, nanging Panjenenganekang panguwasane ngungkuli aku, iku bakalrawuh lan sanadyan mung nguculi agemetrumpah bae, aku ora patut. Iku bakalmbaptisi kowe kalawan Roh Suci lan geni.17Panjenengane wis ngasta tampah kaagemngresiki panutone nganti resik babar pisansarta kaagem nglumpukake gandume inglumbunge, nanging mrambute bakal diobonging geni kang ora kena sinirep.”18Aliya saka iku isih akeh piwulange kang

diparingake sajrone nggelarake Injil marangwong akeh. 19Ananging bareng panjenenganemelehake Sang Nata-wilayah Hero0dhes, bablelakone karo Sang Putri Herodhias, garwanesadhereke, tuwin bab anggone nindakakesakabehing piala liya-liyane, 20Sang Prabusaya wewah durakane, yaiku anggone banjurngunjara Nabi Yokanan.

Gusti Yesus kabaptis

3:21-22Mt 3:13-17 Mk 1:9-11 Yo 1:32-34

21Kacarita, nalika wong akeh iku wis padhakabaptis lan Gusti Yesus uga dibaptis sartalagi ndedonga, langit tumuli piyak, 22banjurkatedhakan ing Roh Suci apindha manukdara. Nuli ana swara kang kaprungu sakaing langit mangkene: “Sira iku PutraningSun

Page 251: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 3.23–35 19

kang Sunkasihi, kang dadi keparengingpanggalihingSun.”

Sarasilahe Gusti Yesus

3:23-38Mt 1:1-17

23Nalika Gusti Yesus wiwit makarya ikukurang luwih yuswa telung puluh taun lanmanut pangirane wong-wong, Panjenenganeiku putrane Rama Yusuf, tedhake Eli, 24 tedhakeMatat, tedhake Lewi, tedhake Malkhi, tedhakeYanai, tedhake Yusuf, 25 tedhake Matica,tedhake Amos, tedhake Nahum, tedhake Hesli,tedhake Nagai, 26 tedhake Maat, tedhakeMatica, tedhake Simei, tedhake Yosekh,tedhake Simei, tedhake Yoda, 27 tedhakeYohanan, tedhake Resa, tedhake Zerubabel,tedhake Sealtiel, tedhake Neri, 28 tedhakeMalkhi, tedhake Adi, tedhake Kosam, tedhakeElmadam, tedhake Er, 29 tedhake Yesua,tedhake Eliezer, tedhake Yorim, tedhake Matat,tedhake Lewi, 30 tedhake Simeon, tedhakeYehuda, tedhake Yusuf, tedhake Yonam,tedhake Elyakim, 31 tedhake Melea, tedhakeMina, tedhake Matata, tedhake Natan, tedhakeSang Prabu Dawud, 32 tedhake Isai, tedhakeObed, tedhake Boas, tedhake Salmon, tedhakeNahason, 33 tedhake Aminadab, tedhakeAdmin, tedhake Arni, tedhake Hezron, tedhakePeres, tedhake Yehuda, 34 tedhake Yakub,tedhake Iskak, tedhake Rama Abraham,tedhake Terah, tedhake Nahor, 35 tedhake

Page 252: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 3.36–4.6 20

Serug, tedhake Rehu, tedhake Peleg, tedhakeEber, tedhake Salmon, 36 tedhake Kenan,tedhake Arpakhsad, tedhake Sem, tedhakeNuh, tedhake Lamekh, 37 tedhake Metusalah,tedhake Henokh, tedhake Yared, tedhakeMahaleel, tedhake Kenan, 38 tedhake Enos,tedhake Set, tedhake Rama Adam, PutraningAllah.

Gusti Yesus kagodha dening Iblis

4:1-13Mt 4:1-11 Mk 1:12-13

41Gusti Yesus, kang penuh ing Roh Suci,wangsul saka bengawan Yarden, banjur

kapurugake dening Roh Suci menyang ingara-arasamun. 2Ana ing kono lawase patangpuluh dina lan banjur kagodha dening Iblis.Sajrone ana ig kono iku Panjenengane oradhahar apa-apa sarta sawise iku kraoskerapan. 3 Iblis nuli matur marang GustiYesus: “Manawi Panjenengan Putraning Allah,sumangga sela punika kadhawuhana dadosroti.” 4Paring wangsulane Gusti Yesus: “Anatulisan mangkene: Uripe manungsa iku oramung saka roti bae.”5 Iblis tumuli nambut Gusti Yesus munggah

ing ppan kang dhuwur sarta banjur nedahakekrajan ing jagad marang Panjenenganeing sakedhap netra. 6 Iblis nuli matur:“Panjenengan badhe kula caosi panguwaospunika sadaya dalah kamulyanipun, awitpunika sadaya sampun dipun pasrahaken

Page 253: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 4.7–13 21

dhateng kula saha kula saged nyukakakendhateng sinten ingkang kula kajengaken.7Milanipun manawi Panjenengan nyembahdhateng kula, sadaya punika badhe dadoskagungan Panjenengan.” 8Nanging GustiYesus mangsuli pangandikane: “Ana tulisanmangkene: Pangeran Allahira, iku kang kudusira sembah, sarta iya mung Panjenengane ikukang kudu sira abekteni!”9Sawise iku Iblis tumuli nambut Gusti

Yesus menyang ing kutha Yerusalem lankajumenengake ing wuwunganing PadalemanSuci, banjur matur: “Manawi PanjenenganPutraning Allah, sumangga kula aturianjlog saking ngriki mangandhap, 10awitwonten seratan makaten: Tumraping Sira,Panjenengane bakal dhawuh marang paramalaekate supaya rumeksa marang Sira 11 laniku bakal padha nadhahi Sira ana ing tangane,supaya sikilira aja nganti kesandhung ingwatu.” 12Paring wangsulane Gusti Yesus: “Anapangandika mangkene: Sira aja nyoba marangPangeran Allahira!”13 Iblis sawise rampung panggodhane banjur

mundur saka ing ngarsane, sumedya angonmangsa.

Page 254: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 4.14–18 22

Gusti Yesus kondurmenyang ing tanah Galilea

4:14-15Mt 4:12-17 Mk 1:14-15

14Gusti Yesus banjur kondur menyang ingtanah Galilea kalawan ngagem panguwasaningRoh. Anadene pawarta bab Panjenengane ikutumuli sumebar ana ing jajahan kono kabeh.15Nalika samana Panjenengane memulangana ing papan-papan pangibadah ing konosarta wong akeh padha ngalembana.

Gusti Yesus ana ing kuthaNasaret katampik

4:16-30Mt 13:53-58 Mk 6:1-6

16Gusti Yesus nuli rawuh ing kutha Nasaret,panggonane nalika kagulawenthah, lan kayaadate bareng dina Sabat banjur rawuh ingpapan pangibadah sarta jumeneng arep maosKitab Suci. 17Nuli dicaosi kitabe Nabi Yesaya.Bareng kabukak, manggih nas kang surasanemangkene:18 “Rohe Pangeran ngayomi Ingsun awit

Panjenengane wis njebadi Ingsun,kadhawahan martakake kabar becikmarang wong-wong miskin;

lan Panjenengane wis ngutus marangIngsun

Page 255: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 4.19–26 2319martakake luware para wong kangkinunjara,sarta pulihe pandelenge wong wuta,ngluwari wong-wong kang katindhes,ngundhangake taun kang dadi keparenge

Pangeran.”20Sawise mangkono kitab banjur kagulungkaparingake maneh marang kang kawajiban,nuli lenggah. Kabeh wong kang ana ingpapan pangibadah padha mandeng marangPanjenengane. 21Gusti Yesus banjur paringpiwulang, pangandikane: “Ing dina ikipangandika iki wis kayektenan, sajronekowe padha ngrungokake.” 22Kabeh wongpadha nganggep bener marang Panjenenganeapadene padha kaeraman marang arumingpitembungan kang dipangandikakake, banjurpadha cluluk mangkene: “Apa Iku dudu anakeYusuf?” 23Gusti Yesus tumuli ngandika: “Kowemesthi bakal ngucapake paribasan marang Akumangkene: Heh, dhukun, warasna awakmudhewe. Kabeh kang padha dakrungu bab kangwis kalakon ana ing kutha Kapernaum, ikutindakna uga ana ing kene, ana ing tanahasalmu kene.” 24Lan pangandikane maneh:“Aku pitutur marang kowe, sanyatane ora ananabi kang kajen ana ing tanah asale. 25SartaAku kandha marang kowe, lan kandhaKu ikibener: Dhek jamane Nabi Elia, nalika langitmineb lawase telung taun nem sasi, kangnjalari anane pailan kang nggegirisi ana ingsatanah kabeh, sanadyan ing Israel akehrandhane, 26ewasamono Nabi Elia ora diutus

Page 256: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 4.27–34 24

menyang ing salah sawijining randha-randhamau, nanging menyang ing omahe wongwadon randha ing kutha Sarfat, ing tanahSidon. 27Apadene nalika jamane Nabi Elisaing tanah Israel akeh wong kang budhugen,nanging siji bae ora ana kang kabirat najise,kajaba Naaman, wong Siria.” 28Kabeh wongkang ana ing papan pangibadah kono padhanepsu banget, krungu kang mangkonoiku. 29Banjur padha ngadeg, Gusti Yesusdilarak menyang ing sajabaning kutha, terusdidhabyang menyang ing pinggiring gunung,kang didegi kutha mau, arep dijorogake sakaing kono. 30Nanging Panjenengane banjurtindak nratas ing tengahe wong-wong mau,nuli jengkar saka ing kono.

Gusti Yesus ana ing papan pangibadahing kutha Kapernaum

4:31-37Mk 1:21-28

31Gusti Yesus banjur rawuh ing kuthaKapernaum, sawijining kutha ing tanahGalilea, tumuli memulang ana ing kono ingsaben dina Sabat. 32Wong-wong padhakaeraman krungu piwulange, amargapangandikane kanthi panguwasa.33 Ing papan pangibadah kono ana wong

kang kapanjingan dhemit, iku nguwuh kanthiswara seru: 34 “Dhuh, Gusti Yesus sakingNasaret, Paduka tumut-tumut punapa dhatengkawula? Punapa rawuh Paduka badhe ngrisak

Page 257: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 4.35–41 25

kawula? Kawula mangretos, Paduka punikasinten, inggih punika Sang Suci kagunganipunGusti Allah.” 35Nanging banjur didukani deningGusti Yesus, pangandikane: “Menenga! Metuasaka wong iku!” Wonge banjur kalarak deningdhemit mau, kabanting ing satengahingwong akeh; dhemite nuli metu lan babarpisan ora njalari larane wong mau. 36Kabehwong padha eram, banjur padha rasanan:“Tembunge kok ngedab-edabi banget! Kalawanwibawa lan panguwasa anggone ndawuhi paradhemit, temah padha metu.” 37Pawarta babPanjenengane iku banjur sumebar tekan ingngendi-endi ing tanah kono.

Gusti Yesus nyarasake ibunemaratuwa Petrus lan wong liya-liyane

4:38-41Mt 8:14-17 Mk 1:29-34

38Sawise iku Gusti Yesus jengkar saka ingpapan pangibadah kono lan tindak menyanging omahe Simon. Nalika iku ibune maratuwaSimon lagi lara panastis banget, banjurdisuwunake pitulungan marang Panjenengane.39Gusti Yesus nuli jumeneng ing sandhinge,lelarane didukani, wasana sing lara banjurmari, nuli tangi lan ngladeni para tamune.40Bareng wis surup, wong-wong padha

nyowanake sanak sadulure kang lara warna-warna. Iku genti-genti padha ditumpangiastane, temah padha mari. 41 Iya akehwong kang dhemite metu kalawan nguwuh

Page 258: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 4.42–5.2 26

seru: “Paduka punika Putranipun Allah.”Nanging banjur didukani, ora diparengakecalathu mangkono, awit padha sumurup, yenPanjenengane iku Sang Kristus.

Gusti Yesus memulang anaing kutha-kutha liyane

4:42-44Mk 1:35-39

42Bareng wis esuk Gusti Yesus miyos lanbanjur tindak menyang ing panggonan kangsepi. Nanging wong akeh padha nggoleki laniya ketemu. Kabeh padha nggondheli GustiYesus, supaya aja padha ditilar. 43Nangingpadha dipangandikani: “Injile Kratoning Allahiku iya kudu Dakwartak-wartakake menyanging kutha-kutha liyane uga, sabab iya ikuprelune anggonKu kautus.” 44Panjenenganebanjur memulang ana ing papan-papanpangibadah ing tanah Yudea.

Juru-amek-iwak kadadekakeJuru-amek-wong

5:1-11Mt 4:18-22 Mk 1:16-20

51 Ing sawijining dina Gusti Yesus pinujujumeneng ana ing pinggiring sagara

Genesaret, wong akeh padha ngangsegarep ngrungokake pangandikane GustiAllah. 2Nuli mirsa prau loro ana ing pinggirsagara, juru-amek-iwak wis padha mentas

Page 259: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 5.3–11 27

lagi ngumbah jalane. 3Panjenengane banjurminggah ing salah sijine prau iku, yaikupraune Simon, lan dhawuh, supaya praunerada didohake saka ing dharatan. Banjurlenggah lan memulang marang wong akehmau saka ing prau. 4Bareng wis rampung,tumuli ngandika marang Simon: “Mancalamenyang ing panggonan kang jero, jalamutibakna supaya oleh iwak.” 5Simon mangsuli,unjuke: “Guru, sampun sadalu muput anggenkawula sami nyambutdamel kanthi saestu,boten angsal punapa-punapa, ewadene margisaking dhawuh Paduka, kawula inggih badhendhawahaken jala.” 6Sawise ditibakake, padhaoleh iwak akeh banget, nganti jalane bedhah.7Kancane kang ana ing prau sijine padhadiawe, dikon teka ngrewangi. Iya banjur padhateka, praune loro pisan diemoti, kebak ngantimeh kerem. 8Nalika Simon nyumurupi kangmangkono iku, banjur nyungkemi jengkuneGusti Yesus sarta munjuk: “Gusti, Paduka mugikarsaa nilar kawula, awit kawula punika tiyangdosa.” 9Amarga Simon sakancane kabehpadha sumlengeren, dene samono akeheiwake sing kena. 10Samono uga Yakobuslan Yokanan, anak-anake Zebedheus, kangpadha dadi rewange Simon. Gusti Yesus nulingandika marang Simon: “Aja wedi, wiwitsaiki kowe bakal padha amek wong.” 11Sawiseminggirake praune, banjur padha ninggalsamubarang kabeh sarta ndherekake GustiYesus.

Page 260: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 5.12–16 28

Gusti Yesus nyarasake wong budhugen

5:12-16Mt 8:1-4 Mk 1:40-45

12Kacarita nalika Gusti Yesus ana ingsawijining kutha, ana wong kang awakesakojur budhugen. Bareng ndeleng GustiYesus banjur sumungkem ing bumi lan matur:“Gusti, manawi Paduka karsa, tamtu sagedmbirat najis kawula.” 13Gusti nuli mulungastane, ndemek wong mau kalawan ngandika:“Aku karsa, birata najismu!” Sanalika ikuuga lelarane budhug sirna. 14Wong mautumuli diwaleri, supaya aja kandha-kandhamarang wong sarta dipangandikani: “Lungaa,awakmu tuduhna marang imam lan nyaosnakurbaning pasucenmu, kaya kang wisdiprentahake dening Nabi Musa, minangkapaseksi marang kowe.” 15Ewasamono pawartabab Gusti Yesus iku malah saya sumebarnganti adoh, lan banjur akeh wong kangpadha gumrudug sowan ing ngarsane arepngrungokake pangandikane sarta supayalelarane kawarasake. 16Nanging Gusti Yesusbanjur sumingkir menyang ing papan-papankang sepi ndedonga.

Page 261: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 5.17–23 29

Gusti Yesus nyarasake wong lumpuh

5:17-26Mt 9:1-8 Mk 2:1-12

17 Ing sawijining dina nalika Gusti Yesuspinuju memulang, ana wong Farisi lanahli Toret sawatara kang padha lungguhngrungokake. Iku padha teka saka ingdesa-desa ing tanah Galilea lan Yudea,sarta saka ing kutha Yerusalem. KawasaningPangeran ana ing Panjenengane, mula sagedparing kawarasan marang wong lara. 18Banjurana wong sawatara kang teka ngusungwong lumpuh ana ing paturone; iku padhambudidaya bisane mlebu nyowanake maranging ngarsane Gusti Yesus. 19Sarehne ora bisanggawa mlebu, marga saka akehing wongkang ana ing kono, banjur padha munggahing payon, nuli mbukak payon iku lan wongkang lara diudhunake sapaturone menyanging satengahe wong akeh pas ana ingngarsane Gusti Yesus. 20Gusti Yesus barengmirsa pangandele wong-wong mau, tumulingandika: “He, sadulur, dosamu wis kaapura.”21Nanging para ahli Toret lan para wong Farisipadha mikir sajroning ati: “Sapa ta wong iki,dene nyenyamah marang Allah mangkono?Sapa sing bisa ngapura dosa kajaba GustiAllah Piyambak?” 22Nanging Gusti Yesusngungingani pikirane wong-wong mau, mulanebanjur ngandika: “Apa sing padha kokpikir ingsajroning atimu? 23Gampang endi dhawuh:

Page 262: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 5.24–30 30

dosamu wis kaapura, karo dhawuh: Ngadega,lumakua? 24Nanging supaya kowe padhangreti, yen Putraning Manungsa iku kuwasangapura dosa ana ing bumi,” banjur ngandikamarang kang lumpuh iku: “DhawuhKu marangkowe: Ngadega, paturonmu angkaten lanmuliha!” 25Sanalika iku uga wong mau banjurngadeg ana ing ngarepe wong akeh mau,ngangkat paturone, tumuli mulih kalawanngluhurake Gusti Allah. 26Wong kabehpadha kaeraman lan padha ngluhurake GustiAllah sarta padha wedi banget pangucape:“Dina iki aku kabeh wus padha nyumurupibarang-barang kang nggumunake banget.”

Lewi juru-mupu-beyandherek Gusti Yesus

5:27-32Mt 9:9-13 Mk 2:13-17

27Sawise mangkono Gusti Yesus banjurtindak. Nuli mirsa juru-mupu-beya linggihana ing pabeyan, jenenge Lewi. Ikudipangandikane mangkene: “Melua aku!”28Lewi banjur ngadeg, samubarang kabehditinggal lan ndherek Gusti Yesus.29Lewi tumuli nganakake bujana gedhe

kagem Panjenengane ana ing omahe lan akehjuru-mupu-beya lan wong-wong liyane kangpadha melu ngepung. 30Para wong Farisilan ahli Toret padha grundelan karo parasakabate Gusti Yesus, tembunge: “Yagenakowe padha mangan lan ngombe awor karo

Page 263: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 5.31–38 31

juru-mupu-beya lan wong dosa?” 31GustiYesus banjur paring wangsulan, pangandikane:“Wong waras iku ora butuh dhokter, mung singlara. 32TekaKu ora ngundang wong sampurna,nanging wong dosa, supaya padha mratobat.”

Bab pasa

5:33-39Mt 9:14-17 Mk 2:18-22

33Wong-wong Farisi mau banjur maturmaneh marang Gusti Yesus: “Para sakabatipunYokanan asring sami siyam sarta sembahyang,makaten ugi sakabatipun para tiyangFarisi, nanging punapaa dene para sakabatPanjenengan kok sami nedha kaliyanngombe?” 34Paring wangsulane Gusti Yesus:“Apa bisa para mitraning panganten lanangdikon pasa, sajroning pangantene isih ana?35Nanging bakal ana wektune, pangantenekapethal saka ing antarane, ing kono banjurbakal padha pasa.”36Lan maneh Panjenengane iya paring

pasemon marang wong-wong mau: “Oraana wong golek tambalan kalawan nyuwekklambi anyar kanggo nambal klambi lawas.Yen mangkono, kang anyar iku bakal suwek,tur tambalan kang anyar mau ora cocog karokang lawas. 37Mangkono uga ora ana wongkang ngisekake anggur kang anyar ana ingimpes lawas, awit manawa mangkono, angguranyar mau bakal mbedhahake impese, dadineanggure wutah, impese rusak. 38Nanging

Page 264: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 5.39–6.5 32

anggur anyar iku kudu diwadhahi ing impesanyar uga. 39Lan ora ana wong kang wisngombe anggur lawas banjur kepenginngombe anggur anyar, sabab banjur bakalngucap: Anggur kang lawas iku enak banget.”

Gusti Yesus iku iya Gustine dina Sabat

6:1-5Mt 12:1-8 Mk 2:23-28

61 Ing sawijining dina, pinuju dina Sabat,nalika Gusti Yesus tindak nglangkungi

pategalan gandum, para sakabate padhamethiki wewulen, banjur dipusus ing tangane,isine dipangan. 2Nanging banjur ana wongFarisi sawatara kang padha ngaruh-aruhi:“Yagene kowe padha nindakake kang oradiparengake ing dina Sabat?” 3Gusti Yesustumuli paring wangsulan, pangandikane: “Apakowe padha maca bab apa kang katindakakedening Senapati Dawud sapandhereke kabehnalika keluwen, 4anggone banjur lumebeting Padaleman Suci, mundhut roti cecaosan,nuli didhahar, lan para pandhereke iya banjurpadha diparingi, mangka ora ana kangkawenangake mangan iku kajaba mung paraimam.” 5Nuli ngandika maneh: “PutraningManungsa iku Gustine dina Sabat.”

Page 265: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 6.6–11 33

Gusti Yesus nyarasakewong ceko ing dina Sabat

6:6-11Mt 12:9-14 Mk 3:1-6

6Kacarita pinuju ing dina Sabat liyane GustiYesus lumebet ing papan pangibadah banjurmemulang. Ing kono ana wong kang cekotangane tengen. 7Para ahli Toret lan parawong Farisi padha ngulatake, apa bakalnyarasake wong ing dina Sabat, iku supayabisa oleh dhadhakan anggone ngluputakePanjenengane. 8Nanging Panjenengane orakekilapan marang kang dadi osiking atinewong-wong mau, tumuli ngandika marangkang ceko: “Ngadega, mapana ing tengahkene!” Wonge banjur ngadeg mapan. 9GustiYesus tumuli ngandika marang wong-wongmau: “Aku takon marang kowe: Apa kangkepareng ditindakake ing dina Sabat, gawebecik, apa gawe ala, nylametake apa ngrusaknyawa?” 10Sawise ngandika mangkononuli mirsani mubeng marang wong-wongmau, banjur ngandika marang kang ceko:“Tanganmu athungna!” Wong mau iya banjurnindakake mangkono, wasana tangane waras.11Wong akeh mau tumuli padha nepsu banget,sarta padha rembugan bab apa kang bakalkatindakake tumrap Gusti Yesus.

Page 266: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 6.12–18 34

Gusti Yesus nimbali rasul rolas

6:12-16Mt 10:1-4 Mk 3:13-19

12Kacarita ing nalika samana Gusti Yesusminggah ing gunung ndedonga; ngantisawengi natas anggone ndedonga. 13Barengwis raina para sakabate padha ditimbali,banjur dipilih rolas, kang padha dijenengakerasul, yaiku: 14Simon, kang uga diparingijeneng Petrus, lan Andreas sadulure Simon,Yakobus lan Yokanan, Filipus lan Bartolomeus,15Mateus lan Tomas, Yakobus anake Alfeus,lan Simon kang karan wong Zelot, 16Yudasanake Yakobus lan Yudas Iskariot kang ingtembe laku cidra.

Gusti Yesus memulang lannyarasake wong pirang-pirang

6:17-19Mt 4:23-25

17Sawise iku Gusti Yesus banjur mandhapkadherekake dening para sakabate, tumulikendel ana ing sawijining papan kang rata,akeh banget wong kang banjur padhanglumpuk ana ing kono, para sakabat lanwong-wong liyane, kang teka saka ingtanah Yudea kabeh lan saka ing Yerusalem,sarta saka ing tanah pasisire Tirus lan Sidon.18Anggone padha mrana iku arep ngrungokakepangandikane lan supaya kawarasake lelarane,

Page 267: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 6.19–24 35

apadene wong-wong kang kasurupan ingroh reged iya padha kawarasake. 19Lan wohakeh iku mau kabeh padha mbudidaya bisanendemek Panjenengane, awit banjur ana dayakang metu saka ing Panjenengane, temahkabeh padha diwarasake.

Wong apa kang rahayu lan kang bilai

6:20-26Mat 5:1-12

20Gusti Yesus banjur mirsani para sakabatelan ngandika:“Rahayu kowe kang padha mlarat, amarga

kowe kang padha nduweni KratoningAllah.

21Rahayu kowe kang saiki padha kaluwen,amarga kowe bakal padha kawaregan.

Rahayu kowe kang saiki nangis, awit kowebakal gumuyu.

22Rahayu kowe, manawa marga sakaPutraning Manungsa, kowe padhadisengiti ing wong, disingkang-singkangsarta diwewada apadene jenengmudianggep ala lan diemohi.

23 Ing dina iku kowe padha bungah-bungahalan suka-sukaa, amarga sanyata bakalgedhe ganjaranmu ana ing swarga;amarga para nabi iya digawe mangkonodening para leluhure.

24Nanging bilai kowe, heh, para wong sugih,awit kowe wis padha tampa panglipursaka kasugihanmu.

Page 268: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 6.25–33 3625Bilai kowe, kang saiki wareg, amarga

kowe bakal luwe. Bilai kowe, kang saikigumuyu, amarga kowe bakal nandhangsusah lan nangis.

26Bilai kowe, manawa wong kabeh padhangalembana marang kowe, awit iyakaya mangkono iku panggawene paraleluhure marang para nabi palsu.”

Bab nresnani mungsuh

6:27-36Mt 5:38-48

27 “Nanging kowe kang padha ngrungokakemarang Aku, padha Dakpituturi: Padhatresnaa marang mungsuhmu, wong kangsengit marang kowe, padha becikana. 28Wongkang nyupatani kowe, padha suwunna berkah;wong kang sawenang-wenang marang kowe,padha dongakna becik. 29Sing sapa nanganipipimu sasisih, sisihe pisan ulungna, lansing sapa ngrebut jubahmu, cikben ngepekkotangmu pisan. 30Wong kang njejalukmarang kowe, wenehana, lan aja njalukbaline marang darbekmu kang wis dijupuk ingwong. 31Apa kang kokkarepake tumrap kangtumanduk marang kowe, iku iya tanduknamarang wong. 32Sarta manawa kowe tresnamarang wong kang nresnani kowe, ikuapa jasamu? Amarga wong dosa iya padhanimbangi katresnaning liyan. 33Awit manawakowe padha gawe becik marang kang mbecikikowe, iku jasamu apa? Wong dosa rak iya

Page 269: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 6.34–39 37

padha tumindak mangkono. 34Lan manehmanawa kowe ngutangi marang wong kanthipangarah supaya oleh apa-apa saka dheweke,iku apa jasamu? Wong dosa rak iya padhangutangi marang padha wong dosa, supayapadha tampane. 35Nanging kowe, padhatresnaa marang satrumu, padha becikanasarta silihana tanpa pangarep-arep piwelase,temah bakal gedhe ganjaranmu, apamanehkowe bakal padha dadi putraning Allah KangMahaluhur, amarga Panjenengane nindakakekasaenan marang wong kang padha ora weruhing kabecikan lan para wong ala. 36Kowe singpadha ambek welasan, kaya anggone Ramamuiya ambek welasan.”

Bab ngukumi

6:37-42Mt 7:1-5

37 “Aja padha ngukumi, supaya kowe iya orabakal padha diukumi. Lan aja padha ngadili,supaya kowe iya ora padha diadili. Padhangapuraa, supaya kowe iya diapura. 38Padhaweweha, supaya kowe iya diwenehi. Takerankang apik, kang ditetel-tetel, kang dioyog lankang luber, bakal kaesokake ing pangkonmu,amarga ukuran kang kokanggo ngukur, iku iyabakal kanggo ngukur kowe.”39Gusti Yesus banjur ngandika maneh

marang wong-wong mau kalawan pasemonmangkene: “Wong picak apa bisa nuntun wong

Page 270: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 6.40–45 38

picak? Apa karone ora bakal kecemplung ingluwangan?40Murid iku ora ngungkuli gurune, nanging

sing sapa wis tamat pasinaone, bakal padhakaro gurune.41Yagene kowe nyumurupi tatal kang ana

ing mripate sadulurmu, mangka glondhongkang ana ing mripatmu, kowe ora sumurup?42Kapriye dene kowe bisa tutur marangsadulurmu: Sadulur, tatal kang ana ingmripatmu iku dakilangane. Mangka glondhongkang ana ing mripatmu, kowe ora sumurup.Heh, wong lamis, glondhong kang anaing mripatmu iku ilangana dhisik, temahkowe bakal bisa ndeleng kalawan cetha lanbisa ngilangi tatal kang ana ing mripatesadulurmu!”

Wit lan wohe

6:43-45Mt 12:33-35

43 “Amarga ora ana wit kang becik kangmetokake woh kang ala, lan iya ora ana witkang ala kang metokake woh kang becik.44Sabab saben wit iku ketitik saka wohe. Awitora ana woh anjir dipethik saka tethukulaneri, lan ora ana woh anggur diundhuh sakagrumbul eri. 45Wong kang becik iku metokakebarang kang becik saka ing simpenaning atinekang becik, dene wong kang ala iku metokakebarang kang ala saka ing simpenaning atine

Page 271: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 6.46–7.2 39

kang ala. Sabab kang diucapake deningcangkem, iku mbludag saka ing sajroning ati.”

Bab krungu lan nglakoni

6:46-49Mt 7:24-27

46 “Geneya kowe kok nyebut Aku: Gusti,Gusti, mangka kowe padha ora nglakonipituturKu? 47Saben wong kang marani Akulan ngrungokake pituturKu sarta ditindakake-- kowe Daksumurupake wong iku kenadipadhakake sapa --. 48 Iku padhane kayawong kang ngedegake omah: Wong ikugawe kalenan kang jero, sarta pandhemenekapasang ing padhasan. Bareng ana banjirlan banjir mau nrajang omah iku, omah ikuora bisa gonjing amarga santosa banget.49Nanging sing sapa ngrungokake pituturKumangka ora dilakoni, iku padhane kaya wongkang ngadegake omah tanpa pandhemen.Bareng ana banjir kang nrajang, omah ikuambruk, sarta banget rusake omah iku.”

Gusti Yesus nyarasakeabdi opsir ing Kapernaum

7:1-10Mt 8:5-13 Yo 4:46-53

71Bareng wis rampung anggone ngandikamarang wong akeh, Gusti Yesus banjur

lumebet ing kutha Kapernaum. 2 Ing kono anasawijining opsir penatus kang duwe batur,

Page 272: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 7.3–9 40

kang banget kanggepe, iku lara banget lanwis meh mati. 3Bareng opsir mau krungu babGusti Yesus, tumuli kongkonan pinituwanewong Yahudi sawatara, sowan ing ngarsane,nyuwun supaya Panjenengane karsa rawuhnyarasake batur mau. 4Wong-wong mauiya banjur sowan sarta nyuwun tulungkanthi adreng, ature: “Tiyang punika panteskapitulungan, 5amargi tresna dhatengbangsa kita, saha inggih tiyang punikaingkang ngyasakaken kita papan pangibadah.”6Gusti Yesus banjur tindak bebarengan karowong-wong mau. Bareng wis cedhak karoomahe opsir iku, opsir iku kongkonan mitranematur marang Panjenengane: “Dhuh, Gusti,mugi sampun dados damel Paduka, amargikawula boten pantes Paduka rawuhi; 7awitsaking punika kawula inggih sampun rumaosboten pantes sowan ing ngarsa Paduka.Nanging Paduka mugi karsaa ngandikasatembung kemawon, rencang kawula tamtubadhe saras. 8Amargi kawula piyambakinggih tiyang ingkang kaprentah, sarta inggihmbawahaken prajurit. Manawi kawula akendhateng salah satunggaling prajurit punika:Lungaa, piyambakipun inggih lajeng kesah.Punapa dene manawi kawula aken dhatengsatunggalipun: Mrenea, inggih lajeng dhateng;utawi dhateng rencang kawula: Iki tindakna,inggih lajeng dipun tindakaken.” 9BarengGusti Yesus midhanget atur mangkono iku,Panjenengane eram, nuli minger mirsani wongakeh kang padha ndherek lan ngandika: “Aku

Page 273: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 7.10–17 41

pitutur marang kowe, pangandel kang samenegedhene iki Aku durung tau tumon, sanadyaning antarane wong Israel!”10Bareng kongkonan mau wis padha bali lan

wis tekan ing ngomah, bature wis ketemuwaras.

Anak randha ing Nain kauripake

7:11-1711Sawise iku Gusti Yesus tindak menyang

ing sawijining kutha kang aran Nain. Parasakabate padha ndherekake, lan iya anawong akeh kang padha gumrudug melundherek uga. 12Bareng tindake wis cedhakkaro sakethenging kutha, ana layon kapikulmetu, iku anak ontang-anting, embokne wisrandha. Akeh wong saka ing kutha kangpadha ngiringake. 13Nalika Gusti mirsarandha mau, trenyuh banget panggalihemarga saka welase, banjur ngandika marangrandha mau: “Aja nangis!” 14Gusti Yesusbanjur nyelaki bandhosa, lan didemek. Kangpadha mikul mandheg. Gusti ngandika: “He,bocah anom, Aku dhawuh marang kowe:Tangia!” 15Kang mati tumuli njenggelek,linggih lan wiwit guneman, banjur dipasrahakemarang embokne. 16Kabeh wong padha wedilan banjur padha ngluhurake Gusti Allah,pangucape: “Ana nabi agung kang jumenenging tengah-tengah kita, sarta Gusti Allah wisnuweni umate.” 17Pawarta bab Gusti Yesus

Page 274: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 7.18–23 42

iku banjur sumebar ing satanah Yudea lan ingtanah-tanah sakiwa tengene kabeh.

Gusti Yesus lan Nabi Yokanan Pambaptis

7:18-35Mt 11:2-19

18Nalika Nabi Yokanan mireng pawartabab lelakon iku kabeh saka para sakabate,19banjur nimbali sakabate loro, kadhawuhanmatur marang Gusti: “Punapa Paduka punikaingkang pinasthi rawuh, punapa kawulataksih kedah ngentosi sanesipun?” 20Barengwis padha ana ing ngarsane Gusti Yesus,banjur matur: “Kawula sami kautus deningNabi Yokanan Pambaptis, kadhawuhan maturpitaken: Punapa Paduka punika ingkangpinasthi rawuh, punapa kawula taksih kedahngentosi sanesipun?” 21Nalika samana GustiYesus pinuju nyarasake wong akeh kang padhanandhang sawarnaning lelara lan memalasarta kang kasurupan dhemit, apadene akehwong picak kang padha kaparingan pandeleng.22Gusti Yesus banjur paring wangsulan,pangandikane: “Padha mundura, aturnamarang Nabi Yokanan apa kang kok deleng lankokrungu: Wong picak padha ndeleng, wonglumpuh padha lumaku, wong budhugen padhakabirat najise, wong budheg padha krungu,wong mati padha katangekake, lan wongmlarat padha kawartanan Injil. 23Lan rahayuwong kang ora kecuwan ing bab Aku.”

Page 275: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 7.24–32 4324Bareng utusane Nabi Yokanan wis padha

mundur, Gusti Yesus banjur wiwit medharpangandika marang wong akeh iku bab NabiYokanan, mangkene: “Apa prelumu menyanging ara-ara samun? Ndeleng glagah kangmobat-mabit marga kanginan? 25Utawa arepapa kowe mrana iku? Apa arep ndeleng wongkang manganggo sarwa alus? Wong kangmanganggo endah lan kang uripe mewahiku panggonane ana ing kraton. 26Dadi apaprelumu mrana? Apa ndeleng nabi? Iya bener,lan Aku pitutur marang kowe, malah ngungkulinabi. 27Awit ana pangandika bab dheweke,mangkene:Lah Ingsun dhawuh marang utusaningSun

supaya ndingini Sira,lan nyawisake dalaniRa ana ing ngarepiRa.

28Aku pitutur marang kowe: Ing antaranewong kang kalairake dening wong wadon oraana kang ngungkuli Nabi Yokanan, nangingkang cilik dhewe ana ing Kratoning Allahiku ngungkuli dheweke.” 29Wong akeh kangpadha ngrungokake pangandikane, kalebu ugapara juru-mupu-beya, kabeh padha nganggepmarang adiling Pangeran, amarga wis padhadibaptis dening Nabi Yokanan. 30Nanging parawong Farisi lan para ahli Toret padha nampikmarang karsane Gusti Allah tumrap awakedhewe, sarana anggone padha ora gelemdibaptis dening Nabi Yokanan.31Gusti Yesus banjur ngandika: “Wong jinis

iki bakal Dakupamakake apa lan apa padhane?32Wong-wong iku upamane kaya bocah-bocah

Page 276: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 7.33–38 44

kang linggih ana ing pasar lan kang padhangucap saur-sauran:Kowe wis padha daksulingi, kok ora njoged.Aku wis padha ngidungake kidung

pangadhuh, kowe kok ora nangis.33Marga saka tekane Nabi Yokanan

Pambaptis iku ora mangan roti sarta ngombeanggur, kowe banjur calathu: Iku wongkepanjingan dhemit. 34Sawise iku PutraningManungsa rawuh, Panjenengane dhahar lanngunjuk. Kowe banjur calathu: Delengen, Ikurak wong grangsangan lan karem anggur,kancane para juru-mupu-beya lan wongdosa. 35Nanging kawicaksananing Allah ikukabenerake dening sakehing wong kang padhanampani.”

Gusti Yesus dijebadi deningwong wadon tunasusila

7:36-5036Tumuli ana salah sawijining wong Farisi

kang ngaturi dhahar Gusti Yesus ana ingomahe. Gusti Yesus iya banjur rawuh, nulilenggah dhahar. 37 Ing kutha kono anawong wadon kang wis kondhang anggonedadi wong dosa. Nalika krungu, yen GustiYesus lagi dhahar ana ing omahe wongFarisi mau, dheweke banjur mrono karonggawa gendul marmer isi lenga wangi, 38nulingadeg karo nangis ana ing sawingkingesampeyane Gusti Yesus, nganti luhe crocosannibani sampeyane, banjur diusapi kalawan

Page 277: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 7.39–47 45

rambute, diujungi sarta dijebadi kalawanlengane wangi mau. 39Bareng wong Farisikang ngaturi rawuh Gusti Yesus weruhkang kaya mangkono iku, dheweke banjurduwe osik mangkene: “Manawa Dhewekeiku Nabi, mesthine ngreti, sapa lan wongapa sing nggepok awake iku; mesthi ngreti,yen iku wong dosa.” 40Gusti Yesus banjurngandika marang dheweke: “Simon, anaprakara kang arep Dakkandhakake marangkowe.” Simon mangsuli, ature: “Sumangga,kapangandikakna, Guru.”41 “Ana wong loro kang padha duwe utang

marang wong potang, kang siji limang atusdinar, sijine seket dinar. 42Sarehne padha orabisa nyaur, kang potang banjur nglilakakeutange wong loro mau. Wong loro iku singendi sing luwih tresna marang dheweke?”43Atur wangsulane Simon: “Kula kinten inggihingkang sambutanipun kathah, lajeng dipunlilakaken punika.” Pangandikane Gusti Yesus:“Bener penemumu iku.” 44Banjur ngandikamarang Simon maneh kalawan mirsani wongwadon mau: “Kowe weruh wong wadon iki?Aku mau mlebu ing omahmu, kowe ora menehibanyu kanggo wisuh sikil, nanging wong ikinelesi sikilKu nganggo luh, banjur diusapikalawan rambute. 45Kowe ora ngambungAku, nanging wiwit nalika Aku lumebu, wongwadon iki tansah ngambungi sikilKu. 46Koweora nglengani sirahKu, nanging wong wadoniki njebadi sikilKu nganggo lenga wangi.47Mulane Aku pitutur marang kowe: Dosane

Page 278: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 7.48–8.3 46

kang akeh iku wis kaapura, amarga wisnindakake katresnan akeh. Nanging kangkaapura sathithik, iya nindakake katresnansathithik.” 48Banjur ngandika marang wongwadon mau: “Dosamu wis kaapura.” 49Wongkang padha linggih mangan bebarengan karoPanjenengane, padha mosik mangkene: “Sapata, Dheweke iku, dene kok nganti bisa ngapuradosa?” 50Nanging Gusti Yesus nuli ngandikamarang wong wadon mau: “Pangandelmukang mitulungi kowe, mundura kalawantentrem rahayu!”

Para wong wadon kangngladosi Gusti Yesus

8:1-3

81Sawise iku ora let suwe Gusti Yesusbanjur tindak njajah kutha-kutha lan

desa-desa martakake Injil Kratoning Allah,kadherekake dening sakabate rolas, 2 lanuga dening wong wadon sawatara kang wispadha kawarasake anggone kasurupan dhemitutawa anggone nandhang lelara warna-warna,yaiku Maryam kang karan Magdalena, kangwis katundhung dhemite pitu, 3Yohana,somahe Khuza, juru-gedhonge Sang PrabuHerodhes, Susana lan liyane maneh isih akeh.Wong-wong wadon iki padha ngladeni Gustisapandhereke kalawan barang darbeke.

Page 279: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 8.4–12 47

Pasemon juru nyebar

8:4-15Mt 13:1-23 Mk 4:1-20

4Nalika wong akeh padha gumrudug teka,yaiku wong-wong kang saka ing kuthangendi-endi, Gusti Yesus banjur ngandikakanthi pasemon: 5 “Ana juru nyebar metunyebar wijine, saperangan tumiba ing pinggirdalan, banjur kapidak-pidak ing wong lanmanuk-manuk ing awang-awang padha nucukinganti entek. 6Ana kang tumiba ing padhasan,lan bareng wis thukul banjur garing, amargaora oleh bnayu. 7Ana maneh kang tumibaing satengahe thethukulan eri, banjur thukulbebarengan, temahan wijine mati kelindhih.8Lan ana uga kang tumiba ing lemah becik,iku thukul sarta metu wohe tikel satus.”Sawise ngandika mangkono Gusti Yesus banjurnguwuh mangkene: “Sapa kang duwe kupingkanggo ngrungokake, ngrungokna!”9Para sakabate padha matur pitakon,

apa tegese pasemon mau. 10Gusti Yesustumuli mangsuli, pangandikane: “Kowe kangpadha diparengake nyumurupi kekeraneKratoning Allah, nanging wong liyane padhakaparingan kang adhapur pasemon, supayasanadyan padha ndeleng, ora weruh, lansanadyan padha krungu, ora ngreti. 11Denepasemon mau tegese mangkene: Wiji ikupangandikaning Allah. 12Kang tumiba ingpinggir dalan iku wong kang wis padha

Page 280: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 8.13–18 48

krungu, banjur diparani Iblis, pangandikamau tumuli diilangi saka ing sajroning atine,supaya aja padha pracaya lan kapitulunganrahayu. 13Kang tumiba ing padhasan iku wongkang bareng krungu pangandika mau banjurditampani kalawan bungah, nanging iku oraana oyode, anggone pracaya mung sadhela lanbareng kena cobaning ngaurip banjur padhamurtad. 14Kang tumiba ing thethukulan eri ikuwong kang padha ngrungokake pangandika,nanging sajrone thukul iku tumuli kelindhih ingrasa sumelang, kasugihan lan kanikmataningngaurip satemah ora bisa metokake wohkang mateng. 15Anadene kang tumiba inglemah becik iku wong kang sawise padhangrungokake pangandika, tumuli disimpen ingsajroning ati kang becik, sarta mantep lanmetokake woh.”

Pasemon bab diyan

8:16-18Mk 4:21-25

16 “Ora ana wong nyumed diyan, kok banjurditutupi ing wewadhah utawa didekek inglongan, nanging mesthi tumuli ditumpangakeing jodhog, supaya kabeh wong kang lumebuing omah padha bisa ndeleng padhange.17Sabab ora ana barang kasidhem, kangora bakal kasumurupan, ora ana wadi, kangora bakal kaweruhan temahan kawiyak.18Awit saka iku, patrapmu ngrungokake ikugatekna. Amarga sapa kang duwe iku bakal

Page 281: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 8.19–24 49

kaparingan, nanging sing sapa ora duwe, ikubakal kapundhutan dalah apa kang kanyanaduweke.”

Kulawargane Gusti Yesus

8:19-21Mt 12:46-50 Mk 3:31-35

19Gusti Yesus banjur dipurugi dening kangibu lan sadherek-sadhereke, nanging margasaka akehe wong, ora bisa padha ketemu.20Tumuli ana wong kang ngunjuki uninga,ature: “Ingkang ibu saha sadherek-sadherekPaduka wonten ing jawi badhe kepanggihkaliyan Paduka.” 21Nanging Panjenenganemangsuli, pangandikane: “IbuKu lan sadulur-sadulurKu iku wong kang padha ngrungokakepangandikaning Allah lan banjur dilakoni.”

Gusti Yesus nyirep prahara

8:22-25Mt 8:23-27 Mk 4:35-41

22 Ing sawijining dina Gusti Yesus nitihprau kadherekake para sakabate, tumulipadha dipangandikani mangkene: “Ayo padhamenyang ing sabranging sagara.” Banjurpadha mangkat. 23Nalika lagi padha lelayaraniku, Gusti Yesus kesaren. Dumadakan anaprahara ing sagara kono, satemah praunekisenan banyu, mbebayani. 24Para sakabatbanjur sowan, ngwungu Gusti Yesus, unjuke:“Guru, Guru, kawula sami katiwasan!”

Page 282: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 8.25–29 50

Panjenengane iya tumuli wungu, angin lanbanyu kang ngamuk iku padha didukani,temah lerem, kaananing sagara dadi anteng.25Panjenengane nuli ngandika: “Pangandelmuiku ana ing ngendi?” Kabeh padha wedi lankaeraman, sarta padha sapocapan mangkene:“Sapa baya Panjenengane iku, dene ngantiangin lan banyu padha ngestokake dhawuhe?”

Wong kepanjingan dhemit ingkutha Gerasa kawaluyakake

8:26-39Mt 8:28-34 Mk 5:1-20

26Kacarita lakune wis tekan ing tanahewong Gerasa, ing sabrange tanah Galilea.27Bareng Gusti Yesus wis minggah ingdharatan, tumuli ana wong lanang sakaing kutha kono kang sowan ing ngarsane,wong iku kepanjingan dhemit akeh, sarta wissuwe anggone ora nganggo sandhangan lanora saba ing omah, nanging mung ana ingpakuburan bae. 28Nalika ndeleng Gusti Yesusbanjur mbengok lan sumungkem ing bumiana ing ngarsane sarta banjur matur kalawanswara sora: “Punapa urusan Paduka kaliyankawula, dhuh Sang Yesus, Putraning Allahingkang Mahaluhur? Kawula nyuwun, mugiPaduka sampun ngantos misakit kawula.”29Anggone matur mangkono iku amarga GustiYesus wis dhawuh supaya dhemite padhametu saka wong mau. Awit wong iku wiskerep dilarak-larak ing dhemit mau, mulane

Page 283: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 8.30–36 51

minangka panjagane banjur dirante landiblenggu, nanging tumuli dibedhat, wongenuli digiring dening dhemite menyang ingpapan-papan kang sepi. 30Gusti Yesus banjurndangu: “Sapa jenengmu?” Atur wangsulane:“Legion,” awit dhemit kang nyurupi iku akeh.31Dhemit-dhemit iku nuli nyuwun marangGusti Yesus, aja nganti didhawuhi lumebu ingjuranging pati.32Kacarita ing kono ana babi kang akeh

banget cacahe kang lagi padha mangan anaing ereng-erenging gunung. Dhemit-dhemitmau banjur nyuwun, supaya diparengakelumebu ing babi-babi iku. Iku diparengake.33Dhemit-dhemit mau banjur padha metulan manjing ing babi. Pepanthan babi ikutumuli gumrudug mlayu ing tepining juranglan ambyur ing sagara dadi lan patine.34Bareng para pangon babi padha nyumurupi

lelakon mangkono iku, banjur padha mlayulan nyritakake bab iku ana ing kuthalan ing kampung-kampung ing sakiwatengene. 35Wong-wong nuli padha metuarep nyumurupi apa kang mentas kalakon.Banjur padha sowan ing ngarsane GustiYesus sarta padha nyumurupi wong kangwis ditinggal dening setan-setane maulinggih cedhak ing sampeyane Gusti Yesus,wis manganggo lan wis waras. Wasanapadha wedi. 36Wong-wong kang wis padhanyumurupi dhewe iku padha martani marangkang lagi padha teka iku, kapriye anggonewong kang kepanjingan dhemit iku kaluwaran.

Page 284: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 8.37–42 5237Wasana kabeh wong ing laladane tanahGerasa padha nyuwun marang Gusti Yesus,supaya karsaa linggar saka ing kono, margapadha wedi banget. Panjenengane banjurminggah ing prau lan wangsul nyabrang.38Wong kang wus koncatan dhemit maunyuwun supaya diparengna ndherek, nangingGusti Yesus ndhawuhi lunga, pangandikane:39 “Kowe muliha menyang ing omahmulan martak-martakna kabeh apa kang wiskatandukake dening Allah marang kowe.”Wong mau iya banjur lunga lan ndlajahiSakutha kabeh kalawan nyritakake apa kangwis katindakake dening Gusti Yesus tumraping awake.

Anake Yairus lan wongwadon lara nggrajag getih

8:40-56Mt 9:18-26 Mk 5:21-43

40Kacarita bareng Gusti Yesus wangsul,banjur dipethuk dening wong akeh, awit kabehpancen padha ngenteni rawuhe. 41Banjur anawong kang sowan, jenenge Yairus, lurah papanpangibadah, nuli tumungkul sujud ana ingngarsane Gusti Yesus, nyuwun supaya GustiYesus karsaa rawuh ing omahe, 42amargaanake wadon ontang-anting, kang kira-kiraumur rolas taun meh mati. Gusti Yesus nalikatindak mrana, sarirane kadhesek-dhesek ingwong akeh.

Page 285: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 8.43–52 5343Nalika samana ana wong wadon kang

lara nggrajag getih wis rolas taun lawase,ora waras-waras, sanadyan wis ditambanisapa bae. 44 Iku banjur maju nyedhakiGusti Yesus saka ing wingking lan ndemekgombyoking jubahe. Padha sanalika pampetanggone nggrajag getih. 45Gusti Yesus banjurngandika: “Sapa kang ndemek Aku?” Sarehneora ana sing ngaku, Petrus nuli matur:“Guru tiyang kathah sami ngrubung lan samindhesek Paduka makaten.” 46Nangig GustiYesus ngandika: “Ana wong kang ndemekAku, sabab Aku krasa ana daya kang metusaka ing Aku.” 47Bareng wong wadon ikumau ngreti, yen kauningan, banjur marekkalawan gumeter, sumungkem ing ngarsaneapadene tumuli mratelakake marang wongakeh, apa sababe ndemek Panjenenganesarta anggone sanalika banjur waras. 48GustiYesus nuli ngandika marang wong mau: “He,anakKu, pangandelmu kang wis mitulungikowe, mundura kalawan tentrem rahayu!”49Nalika Gusti Yesus isih ngandika, ana

krabate kepala papan pangibadah iku kangteka lan matur: “Ingkang putra sampuntilar donya. Sampun ngribedi Sang Guru.”50Nanging Gusti Yesus mireng sarta banjurngandika marang Yairus: “Aja wedi, kumandelabae, anakmu bakal slamet.” 51Sarawuhe ingomahe Yairus, Gusti Yesus ora marengakewong siji-sijia ndherek mlebu Panjenengane,kajaba Petrus, Yokanan lan Yakobus tuwinbapakne sarta ibune bocahe. 52Kabeh wong

Page 286: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 8.53–9.5 54

padha nangisi bocahe kalawan ngadhuh-adhuh. Nanging Gusti Yesus ngandika: “Ajapadha nangis, bocahe ora mati, mung turu.”53Kabeh padha nggeguyu Panjenengane,amarga padha weruh, yen bocahe wis mati.54Gusti Yesus banjur ngasta tangane kangmati sarta nguwuh, pangandikane: “He, ngger,tangia!” 55Nyawane bocah mau tumuli balilan sanalika iku uga bocahe tangi. GustiYesus banjur dhawuh menehi mangan.56Wong tuwane bocah mau padha kaeraman,nanging padha diwaleri, ora diparengakemartak-martakake lelakon mau marang wong.

Para rasul padha kautus

9:1-6Mt 10:5-15 Mk 6:7-13

91Kacarita Gusti Yesus nimbali sakabaterolas, padha kaparingan kasekten lan

panguwasa misesani dhemit lan marasakelelara. 2Banjur padha diutus martakakeKratoning Allah lan marasake wong lara,3 sarta padha dipangandikani mangkene: “Ajapadha nggawa apa-apa kanggo ana ing dalan,aja nggawa teken utawa sangu roti utawadhuwit, utawa klambi rangkep. 4Lan manawakowe wis ditampani ana ing sawijining omah,kowe terusa ana ing kono lan anggonmumbacutake lakumu iya sakaa ing kono. 5Denemanawa ana wong kang ora gelem nampanikowe, metua saka ing kutha kono lan ketabnalebu kang ana ing sikilmu, iku minangka

Page 287: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 9.6–11 55

pepenget tumrap wong mau.” 6Para sakabatbanjur padha mangkat njajah sakehingpadesan, ngabarake Injil sarta marasake wonglara saenggon-enggon.

Sang Prabu Herodhes lan Gusti Yesus

9:7-9Mt 14:1-12 Mk 6:14-29

7Kocapa Sang Prabu Herodhes, nata-wilayah,mireng sakabehing lelakon mau, banjurrumaos kemengan, awit ana wong kangkandha, yen Nabi Yokanan wungu saka ingantarane wong mati. 8Ana maneh kangkandha, yen Nabi Elia ngatingal maneh, lanuga ana kang kandha, yen salah sawijiningnabi jaman kuna wungu. 9Nanging SangPrabu Herodhes ngandika: “Yokanan wisdaktigas gulune. Sapa ta Wong iki, kang wiskawartakake mangkono iku?” Tumuli ngudibisane ketemu karo Gusti Yesus.

Gusti Yesus maringi manganwong limang ewu

9:10-17Mt 14:13-21 Mk 6:30-44 Yo 6:1-14

10Bareng para rasul wis padha bali, padhamatur marang Gusti Yesus bab apa kang wispadha katindakake. Banjur padha didhawuhindherek nyingkir menyang ing sawijiningkutha kang aran Betsaida, dadi mung parasakabat karo Panjenengane bae. 11Nanging

Page 288: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 9.12–17 56

wong akeh iya padha weruh, lan tumuli padhanututi. Kabeh padha ditampani dening GustiYesus lan padha dipangandikani bab KratoningAllah. Dene kang nandhang lelara padhakawarasake.12Bareng wis sore para sakabat rolas padha

sowan ing ngarsane sarta matur: “Tiyangkathah punika bok sami dipun dhawuhi kesahdhateng dhusun utawi kampung-kampungsakiwa tengenipun ngriki, pados pasipengansaha tedha, amargi kita wonten ing ngrikipunika wonten ing panggenan ingkang sepi.”13Nanging banjur padha dipangandikani:“Kowe bae padha menehana mangan!” Aturwangsulane: “Punika namung wonten rotigangsal kaliyan ulam loh kalih, kajawi tamanawi kawula lajeng sami kesah tumbastetedhan kangge sadaya tiyang punika.”14Amarga ing kono kira-kira ana wong lananglimang ewu. Gusti Yesus banjur dhawuhmarang para sakabat: “Padha konen linggihpanthan-panthan, kira-kira nyeket-nyeket.”15Para sakabat padha ngestokake dhawuhmau, kabeh wong dikon linggih. 16GustiYesus nuli mundhut roti lima lan iwak lohloro mau, banjur tumenga ing langit, tumuliparing berkah lan sawise mangkono rotinebanjur dicuwil-cuwil diparingake marang parasakabat supaya diratakake marang wongakeh. 17Kabeh padha mangan nganti wareg.Turahane diklumpukake dadi rolas wakul.

Page 289: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 9.18–23 57

Petrus nglairake pracayane

9:18-21Mt 16:13-20 Mk 8:27-30

18 Ing sawijining dina nalika Gusti Yesuspinuju ndedonga piyambakan, para sakabatepadha sowan ing ngarsane. Banjur padhadidangu: “Wong akeh iku padha ngarani Akuiki sapa?” 19Atur wangsulane: “Nabi YokananPambaptis. Wonten ugi ingkang mastani NabiElia, wonten malih ingkang mastani salahsatunggaling nabi ing jaman kina ingkangsampun wungu.” 20Gusti Yesus nuli ndangumarang para sakabat: “Lah yen kowe, Akuiki kokarani sapa?” Atur wangsulane Petrus:“Sang Kristusipun Gusti Allah.” 21Banjur padhadiwaleri dening Gusti Yesus, ora diparengakengandhakake bab iku marang wong.

Gusti Yesus paring sumurup kang kapisanbab anggone bakal nandhang sangsara

Sarat-sarate wong ndherek Panjenengane

9:22-27Mt 16:21-28 Mk 8:31--9:1

22Gusti Yesus ngandika maneh: “PutraningManungsa iku pinesthi nandhang sangsaraakeh sarta katampik dening para pinituwalan para pangareping imam apadene paraahli Toret, nuli disedani, lan ing telungdinane bakal kawungokake.” 23Kabeh banjur

Page 290: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 9.24–31 58

padha dipangandikani: “Saben wong kangkepengin ngetutburi Aku, iku kudu nyingkurawake dhewe, saben dina manggul salibelan ngetutake Aku. 24Sabab sing sapakumudu-kudu rumeksa marang nyawane, ikubakal kelangan nyawane; nanging sing sapakelangan nyawane marga saka Aku, iku bakalnylametake nyawane. 25Apa gunane wong bisandarbeni donya iki kabeh, yen banjur tiwas lannandhang kapitunan awake dhewe? 26Awitsing sapa isin marga saka Aku lan pituturKu,Putraning Manungsa iya bakal lingsem margasaka wong iku, besuk manawa Panjenenganerawuh kanthi kamulyane piyambak, lankamulyane Sang Rama sarta para malaekatsuci. 27Aku pitutur marang kowe: Satemeneing antarane wong kang ana ing kene iki,ana kang bakal padha ora ngrasakake pati,manawa durung nyumurupi Kratoning Allah.”

Gusti kamulyakake ana ing gunung

9:28-3628Kira-kira wolung dina sawise paring

piwulang mau kabeh, Gusti Yesus banjurminggah ing gunung arep ndedonga; Petrus,Yokanan lan Yakobus kadhawuhan ndherek.29Kacarita, nalika Panjenengane ndedongaiku, pasuryane banjur santun, pangagemanedadi putih mancorong. 30Tumuli ana priya loropadha imbal pangandika karo Panjenengane,yaiku Nabi Musa lan Nabi Elia. 31Karone padhangatingal ngagem kamulyan, sarta padha

Page 291: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 9.32–38 59

reraosan bab anggone Gusti Yesus bakaltindak menyang ing Yerusalem ngrampungakepakaryane. 32Nalika samana Petrus sakancanepadha keturon; bareng tangi padha ndelengGusti Yesus sajroning kamulyane, lan priyaloro kang padha jumeneng cedhak. 33Kocapa,bareng priya loro mau lagi padha arep mundursaka ing ngarsane, Petrus munjuk marangGusti Yesus: “Guru, kawula sadaya samirumaos begja sanget wonten ing ngriki. Mugikawula sami kalilana sapunika damel tarubtiga, satunggal kagem Paduka, satunggalkagem Nabi Musa, satunggalipun kagem NabiElia.” Nanging Petrus ora ngreti apa kangdiaturake iku. 34Sajrone matur mangkonoiku banjur ana mega teka ngayomi. Barengpadha kalimputan ing mega mau padha wedi.35 Ing mega kono tumuli ana swara keprungumangkene: “Iki PutraningSun kang Sunpilih,padha estokna dhawuhe!” 36Nalika swara ikukeprungu, Gusti Yesus ketingal piyambakan.Para sakabat padha nyimpen lelakon iku lannalika samana padha ora martakake apa kangkadeleng mau marang sapa-sapa.

Gusti Yesus nundhungdhemite bocah ayan

9:37-43aMt 17:14-21 Mk 9:14-29

37Esuke, bareng padha mudhun saka inggunung, ana wong akeh kang gumrudugsowan ing ngarsane Gusti Yesus. 38Ana siji

Page 292: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 9.39–43 60

kang nguwuh, unjuke: “Gusti, kawula nyuwun,mugi Paduka karsaa mirsani anak kawula,anak kawula namung satunggal punika.39Saben-saben piyambakipun dipun tempuhdening dhemit, lajeng dadakan njerit, nuntendipun ontang-antingaken ngantos muruhcangkemipun. Dhemit punika tanpa kendelanggenipun nyiksa saha meh boten natepurun ngeculaken. 40Kawula sampun nedhatulung dhateng para sakabat Paduka, supadosnundhung dhemit punika, nanging botensaged.” 41Gusti Yesus banjur ngandika: “Heh,jinis kang ora pracaya lan kang keblinger,nganti pira lawase anggonKu kudu tetunggalankaro kowe lan nyabari kowe? Anakmu gawanenmrene!” 42Lan nalika bocah mau nyedhakiGusti Yesus, banjur dibanting dening dhemitelan diontang-antingake. Nanging dhemitmau nuli didukani dening Gusti Yesus lanbocahe diwarasake sarta dipasrahake marangbapakne. 43Kabeh wong padha kaeraman,marga saka nyumurupi kuwasaning Allah kangsamono gedhene iku.

Gusti Yesus paring sumurupkaping pindhone bab anggonebakal nandhang sangsara

9:43b-45Mt 17:22-23 Mk 9:30-32

(17-43b) Nalika wong kabeh isih padhakaeraman awit saka sakehe pandamele, GustiYesus tumuli ngandika marang para sakabate:

Page 293: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 9.44–49 6144 “Rungokna lan wigatekna kabeh tembungKuiki: Putraning Manungsa bakal diulungakemarang tanganing wong.” 45Nanging parasakabat ora ngreti marang pangandika iku,amarga tegese isih peteng tumrap dhewekekabeh, mulane ora bisa mudheng. Ewasamonopadha ora wani miterang bab pangandikamau.

Bab sapa sing pinunjul ingantarane para sakabat

9:46-48Mt 18:1-5 Mk 9:33-37

46Kacarita para sakabat padha padudonbab sapa sing pinunjul saka ing antarane.47Nanging Gusti Yesus ora kekilapan tumrappikirane wong-wong iku. Banjur mundhutbocah cilik siji, diadegake ing sandhinge48 sarta ngandika marang para sakabate: “Singsapa nampani bocah iki atas saka jenengKu,dadi Aku kang ditampani; lan sing sapanampani Aku, iku dadi nampani kang ngutusAku. Awit kang cilik dhewe ing antaramukabeh, iku kang gedhe dhewe.”

Kang ora nyulayani dadi nyarujuki

9:49-50Mk 9:38-40

49Yokanan tumuli matur: “Guru, kawulasami sumerep tiyang nundhung dhemit atasasma Paduka, lajeng kawula penging, amargi

Page 294: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 9.50–56 62

sanes patunggilan kita.” 50Gusti Yesus banjurngandika: “Aja kokpenggak, sabab singsapa ora nyulayani marang kowe, iku dadinyarujuki.”

Gusti Yesus katampikdening wong Samaria

9:51-5651Bareng wis cedhak wektune anggone bakal

kasengkakake menyang ing swarga, GustiYesus banjur nggalih arep tindak menyanging Yerusalem, 52 tumuli ngirimake utusansawatara, kang ndhisiki Panjenengane.Iku padha mangkat, banjur padha lumebuing sawijining desane wong Samaria arepcecawis kagem Panjenengane. 53Nangingwong-wong Samaria padha ora gelemnampani rawuhe, amarga anggone tindak ikumenyang Yerusalem. 54Nalika sakabate loro,yaiku Yakobus lan Yokanan, nyumurupi kangmangkono iku, banjur matur: “Gusti, punapaPaduka ngarsakaken supados kawula samindhatengaken latu saking langit, numpestiyang-tiyang punika?” 55Nanging Gusti Yesusnuli minger ndukani sakabat-sakabat mau.56Banjur padha mlembar menyang ing desaliyane.

Page 295: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 9.57–62 63

Bab ndherek Gusti Yesus

9:57-62Mt 8:19-22

57Nalika padha mbacutake lakune, anaing tengah dalan iku ana wong kang maturmarang Gusti Yesus: “Kawula badhe ngetutwingking Paduka, dhatenga pundi kemawontindak Paduka.” 58Paring wangsulane GustiYesus: “Asu ajag padha duwe rong lanmanuk padha duwe susuh, nanging PutraningManungsa ora kagungan papan kagemnyelehake mustakane.” 59Banjur ngandikamarang wong liyane: “Melua Aku.” Aturewong mau: “Keparenga kawula kesahngubur bapak kawula rumiyin.” 60Nangingpangandikane Gusti Yesus: “Cikben wong matipadha ngubur wong mati, nanging kowe ikulungaa, ngundhangna Kratoning Allah ana ingngendi-endi.”61Lan ana liyane maneh kang matur:

“Kawula badhe ngetut wingking Paduka, Gusti,nanging keparenga kawula pamitan rumiyindhateng brayat kawula.” 62Nanging GustiYesus ngandika: “Saben wong kang wis nyekelwaluku, mangka banjur tumoleh marang kangana ing buri, iku ora pantes tumrap KratoningAllah.”

Page 296: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 10.1–9 64

Gusti Yesus ngutus sakabat pitung puluh

10:1-12

101Sawise iku Gusti nuding wongpitung puluh maneh padha diutus

ngloro-ngloro ndhisiki Panjenengane, menyanging saben kutha lan panggonan kang bakaldirawuhi. 2Kabeh padha dipangandikani:“Panene pancen gedhe, nanging sing derepmung sathithik. Mulane padha nyenyuwunamarang kang Kagungan panen, supayakarsaa ngintunake wong-wong kang dereping panenan. 3Padha mangkata, lah kowepadha Dakutus kayadene cempe menyanging satengahe asu ajag. 4Aja padha nggawakanthong utawa cangklong tuwin trumpahsarta sajrone ana ing dalan iku aja uluk salamkaro sapa bae. 5Manawa kowe lumebu ingsawijining omah, padha ngucapa mangkenedhisik: Tentrem rahayu mugi wontena ingdalem ngriki. 6Anadene manawa ing konoana anaking tentrem rahayu, ulukmu salambakal lestari ana ing kono. Manawa oraana, ulukmu salam bakal bali marang kowe.7Kowe tetepa ana ing kono, mangana lanngombea apa kang disuguhake marangkowe, amarga wong nyambut-gawe iku wissamesthine oleh pituwas. Aja ngolah-ngalihpamondhokmu. 8Lan manawa kowe lumebuing sawijining kutha sarta ditampani anaing kono, mangana apa kang disuguhakemarang kowe, 9wong kang padha lara ing

Page 297: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 10.10–16 65

kono padha warasna, apamaneh wong-wongpadha tuturana: Kratoning Allah wis nyedhakikowe. 10Nanging manawa kowe lumebu ingsawijining kutha mangka kowe ora ditampani,lungaa menyang ing dalan-dalan gedheing kutha iku sarta nguwuha mangkene:11Dalasan bleduging kuthamu kang tumempeling sikilku dakketabake ana ing ngarepmu,nanging sumurupa: Kratoning Allah wiscedhak. 12Aku pitutur marang kowe: Ing dinaiku Sodom bakal luwih entheng tanggunganekatimbang karo kutha iku.”

Gusti Yesus meca bab bakalkatemahane kutha sawatara

10:13-16Mt 11:20-24

13 “Bilai kowe kutha Khorazim! Bilai kowekutha Betsaida! Amarga saupama ing kuthaTirus lan ing kutha Sidon ana mukjijat-mukjijatkaya kang kalakon ana ing tengah-tengahmu,mesthi wis biyen-biyen anggone mratobatkalawan manganggo bagor lan linggih ingawu. 14Nanging besuk ing dinane pangadilantanggungane Tirus lan Sidon bakal luwihentheng katimbang karo kowe! 15Apadenekowe kutha Kapernaum, apa kowe bakalkaluhurake nganti sundhul ing langit? Ora,kowe bakal ambles tumeka ing telengpalimengan.16Sing sapa ngrungokake kowe, iku

ngrungokake Aku lan sing sapa nampik

Page 298: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 10.17–21 66

marang kowe, iku nampik marang Aku.Mangka kang nampik marang Aku, iku nampikmarang Panjenengane kang ngutus Aku.”

Baline para sakabat pitung puluh

10:17-2017Kacarita sakabat pitung puluh mau padha

bali kanthi bungah sarta padha munjuk:“Gusti, dalasan para dhemit sami nungkuldhateng kawula awit saking asma Paduka.”18Gusti Yesus banjur ngandika: “Aku ndelengIblis tiba saka ing langit kaya cumleretingkilat. 19Lah kowe wis padha Dakparingipanguwasa ngidaki ula lan kalajengking, tuwinnahan kakuwataning mungsuh, satemah oraana kang mbebayani tumrap kowe. 20Nangingsanadyan mangkono, aja padha mbungahimarga saka roh-roh iku padha nungkulmarang kowe, nanging padha bungaha margajenengmu wis katulisan ana ing swarga.”

Gusti Yesus ngaturake panuwun

10:21-24Mt 11:25-27, 13:16-17

21 Ing nalika iku Gusti Yesus sukarena ingsajroning panggalih banjur matur: “Dhuh,Rama, Gustinipun langit kaliyan bumi. Kawulangunjukaken genging panuwun, dene prakawispunika sadaya Paduka damel wados tumrappara winasis, nanging Paduka lairaken dhatenglare alit. Inggih, Rama, Kawula saos panuwun

Page 299: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 10.22–27 67

wonten ing ngarsa Paduka, dene punikaingkang dados keparenging panggalih Paduka.22Samubarang kabeh wis kapasrahake marangAku dening RamaKu lan ora ana wong kangsumurup sang putra iku sapa, kajaba SangRama, mangkono uga Sang Rama iku sapa,kajaba Sang Putra lan wong kang kawedharandening Sang Putra, marga saka keparengingpanggalihe.”23Sawise mangkono Gusti Yesus banjur

minger mirsani para sakabate sartadipangandikani piyambak: “Begja mripatkang ndeleng apa kang padha kokdeleng.24Amarga Aku pitutur marang kowe: Akehnabi lan ratu kang kepengin nyumurupikang padha kokdeleng, nanging ora kalakon,sarta kang kepengin ngrungokake apa kangkokrungokake, nanging ora bisa kalakon.”

Pasemon bab wong Samaria kang welasan

10:25-3725 Ing sawijining dina ana ahli Toret ngadeg

sumedya nyoba marang Gusti Yesus, ature:“Guru, punapa ingkang kedah kula lampahi,amrih kula angsal gesang langgeng?” 26Paringwangsulane Gusti Yesus: “Kang katulisaning Toret kapriye? Apa kang kokwacaing kono?” 27Atur wangsulane wong iku:“Kowe tresnaa marang Pangeran, Allahmu,kalawan gumolonging nyawamu sartakalawan sakabehing kakuwatanmu apadenekalawan gumolonging budimu. Lan marang

Page 300: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 10.28–37 68

sapepadhamu dikaya marang awakmu dhewe.”28Pangandikane Gusti Yesus marang wongmau: “Wangsulanmu iku bener; iku lakonana,temah kowe bakal urip.” 29Nanging sarehnewong mau arep mbenerake awake dhewe,mulane banjur matur marang Gusti Yesus:“Lajeng ingkang dados sesami kula punikasinten?” 30Paring wangsulane Gusti Yesus:“Ana wong lumaku mudhun saka ing kuthaYerusalem menyang ing kutha Yerikho; ikutumiba ing tanganing begal, banjur ora mungdiblejedi bae, nanging nganggo dipilara ngantisetengah mati, nuli ditinggal. 31Kapinujon anaimam kang liwat ing kono. Bareng weruh wongmau, terus lumaku bae, metu ing sabrangedalan. 32Mangkono uga wong Lewi, kangsatekane ing kono lan weruh wong mau iyamung liwat bae, metu ing sabrange dalan.33Tumuli ana wong Samaria, kang lelunganuga liwat ing kono. Bareng weruh wong mau,trenyuh atine marga saka welase. 34Wongmau banjur diparani, tatu-tatune diperban,sawise mangkono nuli dikopoh lenga lananggur, banjur ditunggangake ing kuldinedigawa menyang ing panginepan sarta dirukti.35Esuke kang duwe panginepan diwenehidhuwit rong dinar, sarta diweling: Tiyangpunika kula aturi mulasara, bab wragadipun,langkungipun saking samanten, kula ingkangbadhe nglintoni, benjing manawi kula wangsul.36Lah manut panemumu, wong telu iku singendi sing dadi pepadhane wong sing dibegalmau?” 37Atur wangsulane: “Inggih tiyang

Page 301: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 10.38–42 69

ingkang nandukaken kawelasan dhatengpiyambakipun punika.” PangandikanaeGusti Yesus: “Wis mundura, lan nglakonanamangkono uga!”

Maryam lan Marta

10:38-4238Kacarita anggone padha lumaku

ndherekake Gusti Yesus tekan ing sawijiningdesa. Ana ing kono Panjenengane ditampanidening wong wadon kang aran Marta anaing omahe. 39Wong iku duwe sadulur wadonjenenge Maryam, iku linggih cedhak ingsampeyane Gusti lan tansah ngrungokakepangandikane, 40dene Marta ribut bangetanggone leladi, mulane banjur marek sartamunjuk: “Gusti, punapa Paduka botennggalih, bilih sadherek kawula metelakenkawula lelados piyambak? Mila mugi Padukadhawuhi ngrencangi kawula.” 41Nanging Gustimangsuli, pangandikane: “Marta, Marta, koweiku nyumelangake lan nggrantesake prakaraakeh, 42mangka kang prelu iku mung siji:Maryam wis milih panduman kang becikdhewe, kang ora bakal kajupuk saka ingdheweke.”

Page 302: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 11.1–7 70

Bab ndedonga

11:1-13Mt 6:9-13, 7:7-11

111 Ing sawijining dina Gusti Yesusndedonga ana ing salah sawijining

panggonan; bareng wis kendel, ana sakabatesiji kang munjuk: “Gusti, kawula mugi samiPduka wulang ndedonga, sami kados ingkangdipun wulangaken dening Nabi Yokanandhateng para sakabatipun.” 2Gusti Yesusbanjur mangsuli, pangandikane: “Manawakowe padha ndedonga, padha munjukamangkene:Dhuh Rama, asma Paduka mugi kasucekna;Kraton paduka mugi rawuha.3Kawula mugi kaparingana rejeki kawula ing

saben dintenipun ing sacekapipun.4Saha mugi karsaa ngapunten dosa kawula,

awitdene kawula inggih sami ngapuntendhateng saben tiyang ingkang kalepatandhateng kawula.

Punapa malih mugi kawula sampun ngantoskatandukaken dhateng ing panggodha.”

5Banjur padha dipangandikani manehmangkene: “Manawa panunggalanmuing wayah tengah wengi menyang ingomahe mitrane lan kandha: Sadulur, bokaku kokutangi roti telu bae. 6Sabab anamitraku kang lelungan mampir ing omahku,mangka aku ora duwe apa-apa, kang kenadaksuguhake; 7apa iya sing ana ing sajroning

Page 303: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 11.8–15 71

omah bakal mangsuli: Aja ngribedi aku, ta,lawange wis dakkancing, aku lan anak-anakkuwis padha mapan turu, aku ora bisa tangimenehi kowe. 8Aku pitutur marang kowe:Sanadyan oraa tangi lan menehi, marga ikumitrane, nanging marga saka anggone oraidhep isin iku, mesthi iya bakal banjur tangiuga, menehi apa kang dibutuhake.9Mulane aku pitutur ing kowe: Nyenyuwuna,

temah bakal kaparingan; padha ngupayaa,temah bakal oleh, padha thothok-thothoka,temah bakal kawenganan. 10Amarga sabenwong kang nyenyuwun, bakal tampa,lan kang golek, bakal oleh, tuwin kangthothok-thothok, iku bakal kawenganan.11Sapa ta panunggalanmu kang jeneng bapa,manawa dijaluki iwak anake, bakal menehi ula,kanggo ijole iwak? 12Utawa, manawa njalukendhog, apa iya banjur diwenehi kalajengking?13Dadi, yen kowe, sanadyan ala, padhamangreti ing bab paweweh kang becik maranganak-anakmu, apamaneh Ramamu kang anaing swarga mesthi bakal maringi Roh Sucimarang kang padha nyenyuwun.”

Gusti Yesus lan Beelzebul

11:14-23Mt 12:22-30 Mk 3:22-27

14 Ing sawijining dina Gusti Yesus nundhungdhemit kang marakake bisu marang wong.Bareng dhemite wis metu, wonge bisa calathu.Wong akeh padha kaeraman. 15Nanging ana

Page 304: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 11.16–23 72

saweneh kang padha ngucap mangkene:“Anggone nundhung dhemit iku nganggopanguwasane Beelzebul panggedhening paradhemit.” 16Lan ana maneh kang padha nyobamarang Gusti Yesus, nyuwun pratandhasaka ing swarga. 17Nanging Gusti Yesus orakekilapan marang pikirane wong-wong mau,mulane banjur ngandika: “Saben krajan kangpecah, iku mesthi rusak, lan saben brayatkang wargane padha dredah, mesthi rusak.18Manawa Iblis iku uga dredah karo awakedhewe, kapriye bisane tulus krajane? 19Dadi,yen Aku nundhung dhemit iku nganggopanguwasane Beelzebul, para muridmuanggone nundhung nganggo panguwasanesapa? Mulane iya iku kang bakal padhanjeksani kowe. 20Nanging manawa Akunundhung dhemit nganggo panguwasaningAllah, dadine Kratoning Allah wis nekani kowe.21Manawa ana wong kang rosa sarta sikepgegaman ganep ngreksa bale omahe dhewe,barang darbeke bakal slamet. 22Nangingmanawa katekan wong kang luwih rosasarta banjur ditempuh lan dikalahake, kabehgegamane kang diandelake bakal dirampas,la barang darbeke bakal diedum-edum dadijarahan.23Sing sapa ora nyarujuki Aku, iku nglawan

marang Aku sarta sing sapa ora meluanggonKu nglumpukake, iku dadi mbuyarake.”

Page 305: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 11.24–28 73

Dhemite bali maneh

11:24-26Mt 12:43-45

24 “Samangsa dhemit iku wis metu sakaing wong, banjur nglembara menyang ingpapan-papan kang mluwa golek palereman,nanging sarehne ora oleh, nuli munimangkene: Dakulihane tilas omahku. 25Banjurbali, omahe ketemu wis disaponi resik lantumata becik. 26Tumuli metu lunga ngajakdhemit pitu liyane kang luwih ala katimbangkaro dheweke, sarta banjur padha mlebu lanmanggon ana ing kono, satemah wong maualane ngungkuli sakawit.”

Sapa kang rahayu

11:27-2827Nalika Gusti Yesus isih ngandika,

ana sawijining wong wadon saka ingsatengahe wong akeh kang nguwuh marangPanjenengane, unjuke: “Rahayu ibu ingkangsampun nggarbini Paduka saha payudaraingkang sampun Paduka sesep.” 28NangingGusti Yesus banjur ngandika: “Kang rahayuiku wong-wong kang padha ngrungokakepangandikaning Allah lan digatekake.”

Page 306: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 11.29–32 74

Wong kang padha nyuwun pratandha

11:29-32Mt 12:38-42

29Bareng wong akeh padha ngrubungPanjenengane, Gusti Yesus nuli ngandika:“Jinis iki ala, kok padha nyuwun pratandha,nanging ora bakal padha kaparingan kajabamung pratandhane Nabi Yunus. 30Sababkayadene Nabi Yunus anggone dadi pratandhatumrap wong-wong ing kutha Niniwe, samonouga Putraning Manungsa iya bakal dadipratandha tumrap jinis iki. 31Besuk ingdinane pangadilan, ratu putri saka ing tanahKidul bakal maju bareng karo jinis iki lanbakal ngukumi wong-wong iku. Amargaratu iki rawuh saka ing pungkasaning bumiarep mirengake kawicaksanane Sang PrabuSuleman, mangka satemene kang ana ingkene iki ngungkuli Sang Prabu Suleman.32Besuk ing dina pangadilan, wong-wonging Niniwe bakal padha tangi bebarengankaro jinis iki, lan bakal ngukumi wong-wongiki. Amarga wong-wong Niniwe iku barengngrungokake pituture Nabi Yunus banjurpadha mratobat, mangka satemene kang anaing kene iki ngungkuli Nabi Yunus.”

Page 307: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 11.33–39 75

Bab damaring badan

11:33-3633 “Ora ana wong nyumed damar kang banjur

didekek ing longan utawa ditutupi ing tompo,nanging didekek ing jodhog, supaya kabehwong kang lumebu bisa ndeleng padhange.34Mripatmu iku dadi damaring badanmu.Manawa mripatmu waras, badanmu sakojurkapadhangan, nanging manawa mripatmuora waras, badanmu dadi peteng. 35Mulanesing awas, pepadhang kang ana ing kowe ikuaja nganti dadi peteng. 36Manawa badanmusakojur padhang lan ora ana perangane kangpeteng, mesthi kabeh dadi padhang, iya kayayen kowe kena ing soroting damar.”

Gusti meleh-melehake wongFarisi lan para ahli Toret

11:37-54Mt 23:1-36 Mk 12:38-40 Lk 20:45-47

37Bareng Gusti Yesus wis rampung anggonememulang, ana sawijining wong Farisi ngaturidhahar ana ing omahe. Panjenengane iyabanjur lumebet sarta lenggah dhahar. 38WongFarisi mau bareng weruh dadi gumun, deneGusti Yesus sadurunge dhahar kok ora wijikdhisik. 39Nanging Gusti Yesus banjur ngandikamarang wong-wong mau: “Kowe para wongFarisi, kowe padha ngresiki jabaning tuwunglan pinggan, nanging ing jeromu kebak isi

Page 308: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 11.40–49 76

rampasan lan piala. 40Heh, wong-wong bodho,Panjenengane kang nitahake jabane apaora nitahake jerone? 41Mung bae isine ikudanakna, lah ing mengko kabeh-kabehe bakaldadi resik tumrap kowe. 42Nanging bilai kowe,heh, para wong Farisi, amarga kowe padhambayar pra sapuluhan kanggo majegi godhongmerdinah, inggu lan sawarnane jejanganan,nanging kowe padha nglirwakake kaadilan lankatresnaning Allah. Sing siji kudu dilakoni,lan sijine aja dilirwakake. 43Bilai kowe, heh,wong-wong Farisi, amarga kowe padha senenglinggih ing ngarep ana ing papan pangibadahlan seneng tampa pakurmatan ana ing pasar.44Bilai kowe, amarga kowe iku kayadenekuburan kang tanpa tenger; wong-wong kanglumaku ing sadhuwure ora weruh.”45Tumuli ana sawijine ahli Toret kang

mangsuli, ature: “Guru, manawi Panjenenganngandika makaten punika, ateges ugingremehaken golongan kula.” 46NangingPanjenengane banjur mangsuli, pangandikane:“Kowe iya padha bilai, heh, ahli-ahli Toret,amarga kowe padha ngemoti gegawan kangora bisa kaangkat marang wong, nangingkowe dhewe ora nganti ndumuk gegawaniku kalawan drijimu siji bae. 47Bilai kowe;amarga kowe padha mbangun pasareane paranabi, mangka leluhurmu dhewe kang nyedani.48Dadine kowe padha ngaku, yen kowe padhambenerake pratingkahe leluhurmu, sababiku padha nyedani para nabi mau, denekowe padha mbangun pasareane. 49Mulane

Page 309: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 11.50–12.1 77

kawicaksananing Allah ngandika: Ingsun bakalngutus para nabi lan para rasul, marangwong-wong iku, sarta panunggalane iku anasaparo kang bakal dipateni lan kang dianiaya.50Supaya jinis iki katempuhna getihe sakehepara nabi kang wis kawutahake wiwit nalikabumi katitahake, 51wiwit saka getihe Habelnganti getihe Zakharia, kang kapatenan anaing antarane misbyah lan Padalemaning Allah.Malah Aku pitutur ing kowe: Jinis iki mesthibakal katempuhake. 52Bilai kowe, heh, paraahli Toret, amarga kowe wus padha njupukkuncining kawruh; kowe dhewe ora lumebu,nanging wong kang arep lumebu padhakokalang-alangi.”53Bareng Gusti Yesus wis jengkar saka

ing papan kono, para ahli Toret lan parawong Farisi padha ngincim-incim marangPanjenengane lan ngebyuki Panjenenganekalawan prakara warna-warna, 54apadenepadha ngudi mancing-mancing, supayakrungu pangandika kang mijil saka ing lesane,kang kena kanggo dhadhakan nangkepPanjenengane.

Piwulang, kang mligi kanggo para sakabat

12:1-12Mt 10:26-33, 19-20

121Nalika samana ewon wong kang padhanglumpuk, nganti padha suk-sukan.

Gusti Yesus banjur paring piwulang, kangdhisik marang para sakabate, pangandikane:

Page 310: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 12.2–10 78

“Padha diawas marang ragine wong Farisi,yaiku bab lamising budine. 2Ora ana barangkang katutupan kang ora bakal kawiyak, lanora ana barang kang kasidhem kang ora bakalkaweruhan. 3Mulane apa kang kokkandhakakeana ing petengan iku bakal kaprungu ana ingpadhangan, sarta apa kang kokkandhakakekalawan bisik-bisik ana ing kamar, iku bakalkawartakake saka ing payon. 4Aku pituturmarang kowe, heh, mitra-mitraKu, ajawedi marang wong-wong kang bisa matenibadan, nanging sawise mangkono ora bisaapa-apa maneh. 5Kowe padha Daktuduhi,sapa kang kudu kokwedeni. Padha wediamarang Panjenengane, kang sawise mateniiya kawasa nyemplungake wong menyang ingnaraka. Sabenere Aku pitutur marang kowe:Iya Panjenengane iku kang kudu kokwedeni.6Manuk emprit lima rak mung payu rongdhuwit? Ewasamono ora ana siji-sijia kangdisupekake dening Gusti Allah, 7malah dalasanrambuting sirahmu iku wis dietung kabeh.Mulane aja padha wedi, ajimu rak ngungkulimanuk emprit pirang-pirang. 8Aku pitutur ingkowe: Saben wong kang ngakoni Aku anaing sangareping wong, iku iya bakal diakonidening Putraning Manungsa ana ing ngarepingpara malaekating Allah. 9Nanging sing sapanyelaki Aku ana ing ngareping wong, iya bakaldiselaki ana ing ngarepane para malaekatingAllah. 10Sing sapa ngucapake tembung kangnglawan marang Putraning Manungsa, ikubakal diapura, nanging sing sapa nyenyamah

Page 311: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 12.11–17 79

marang Sang Roh Suci, iku bakal ora diapura.11Manawa kowe padha diladekake marangngarsane para pradata-agama, apa marangngarsane para pamarentah utawa para kangngasta panguwasa, aja padha sumelang,kapriye lan apa kang kudu kokaturake anaing panjawabmu. 12Amarga ing wektu iku ugaSang Roh Suci bakal muruki kowe apa kangkudu kokaturake.”

Bab budi kethaha lan pasemonbab wong sugih kang bodho

12:13-2113Tumuli ana wong panunggalane wong

akeh iku kang matur marang Gusti Yesus:“Guru, Paduka mugi karsaa ndhawuhisadherek kawula, supados andum warisankaliyan kawula.” 14Nanging Gusti Yesusngandika marang wong mau: “Sadulur, sapasing ngangkat Aku dadi hakim utawa dadipanengah ana ing antaramu?” 15Banjurngandika marang wong akeh: “Sing padhaawas, wekanana sakabehing budi kethaha,sabab sanadyan wong duwe bandha ngantiakeh banget, uripe wong iku ora gumantungmarang kasugihane iku.”16Sawise mangkono banjur padha

dipangandikani kalawan pasemon mangkene:“Ana sawijining wong sugih, pametuningpalemahane akeh banget. 17Banjur mikir:Kapriye ya, rekane, aku ora duwe enggonkanggo nyimpen pametu samono akehe iku.

Page 312: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 12.18–24 8018Tumuli calathu: Wis, enake mangkene bae:lumbung-lumbungku dakbubrahane, banjurgawe sing luwih gedhe, kabeh gandumkulan barang-darbekku daksimpene ana ingkono. 19Nyawaku nuli dakkandhanane: Heh,nyawaku, kowe wis duwe bandha akehbanget, cukup kanggo urip pirang-pirangtaun, mulane ngasoa, mangana, ngombealan seneng-senenga. 20Ananging dhawuheGusti Allah marang wong mau: Heh, wongkang tanpa budi, bengi iki uga nyawanirabakal kapundhut saka ing sira. Lan apa kangwis sira cawisake iku, kanggo apa bakale?21 Iya kaya mangkono iku kadadeane wongkang nglumpukake bandha kanggo awakedhewe, mangka ora duwe kasugihan ana ingngarsaning Allah.”

Bab sumelang lan bab bandha kaswargan

12:22-34Mt 6:25-34, 19-21

22Gusti Yesus banjur ngandika marang parasakabate: “Mulane Aku pitutur marang kowe:Aja padha sumelang ing bab uripmu, apakang bakal kokpangan, lan aja sumelang ingbab awakmu, apa kang bakal koksandhang.23Amarga urip iku ajine ngungkuli pangan lanbadan iku ngungkuli sandhangan. 24Padhadelengen, manuk gagak iku ora padhanyebar lan ora derep apadene ora duwegudhang utawa lumbung, ewasamono padhadiparingi pangan dening Gusti Allah. Ajimu

Page 313: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 12.25–34 81

rak ngungkuli manuk-manuk iku banget!25Sapa ta panunggalanmu kang marga sakasumelang bisa nyambungi umure saasta?26Dadi yen kowe bab kang sepele dhewe baeora bisa, kapriye dene kok nyumelangakebab liya-liyane? 27Padha tamatna kembangbakung kae, ora ngantih ora nenun, ewadenepituturKu marang kowe: Sang Prabu Sulemansajrone sagunging kaluhurane, pangagemaneora ngungkuli endahe salah sijine kembangiku. 28Dadi, yen suket ing ara-ara, kangsaiki isih ana, sesuk kabuwang ing geni, ikudipanganggoni dening Gusti Allah nganti kayamangkono, saya maneh kowe, heh, wong kangcupet ing pangandel! 29Mulane aja padhamrihatinake apa kang bakal kokpangan lankokombe sarta aja melang-melang. 30Awitiku kabeh kang diupaya dening wong kangora wanuh marang Gusti Allah. Ramamurak ora kekilapan, yen iku kabeh dadikabutuhanmu. 31Nanging Kratoning Allah ikupadha upayanen, nuli kabeh iku mau bakaldiwuwuhake marang kowe.32Aja padha wedi, heh pepanthan cilik!

Amarga Ramamu wis kepareng maringakeKraton iku marang kowe.33Barang darbekmu dolana kabeh, banjur

dedanaa! Gawea kanthong-kanthong kangora bisa lawas, nglumpukna rajabrana ingswarga, kang ora bakal entek, kang ora bakalkatekanan maling sarta ora bakal karusakdening renget. 34Amarga ing ngendi dunungebandhamu, iya ing kono dununging atimu.”

Page 314: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 12.35–42 82

Bab kawaspadan

12:35-48Mt 24:43-51

35 “Lambungmu ajeg sabukana lan damarmuajeg muruba. 36Sarta kowe padha kayaawong-wong kang nganti-anti rawuhebendarane saka pahargyan memanton, supayamanawa wis kondur lan thothok-thothoklawang, enggal bisa ngengani lawang. 37Begjapara abdi kang sarawuhe bendarane ketemumelek. Aku pitutur ing kowe: Satemenebendara mau bakal sabukan, abdine padhadidhawuhi mangan bebarengan, bendaranebakal nyedhaki ngladeni. 38Lan manawarawuhe ing tengah wengi utawa ing wayahbangun esuk mangka para abdi mau ketemumangkono, begja wong-wong iku. 39Nangingsumurupa: Saupama kang duwe omah ngretitekane maling jam pira, mesthi ora bakalngetogake bae omahe dibabah. 40Mulanekowe kabeh padha tansah rumantia, awitrawuhe Putraning Manungsa iku ing wektukang ora koknyana.”41Petrus banjur munjuk: “Gusti, ingkang

Paduka karsakaken kanthi pasemon punikapunapa kawula sakanca, punapa inggihdhateng tiyang sadaya?” 42Paring wangsulaneGusti: “Sapa ta kang dadi pitayaning omahkang setya lan pinter, kang bakal diangkatdening bendarane dadi tetuwaning para abdikang nyadhongi pangan marang dheweke

Page 315: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 12.43–48 83

kabeh ing wayah kang wis katemtokake?43Begja abdi kang ketemu nindakakekawajibane nalika bendarane rawuh. 44Akupitutur marang kowe: Satemene bendaranemau mesthi bakal ngangkat dheweke dadiabdi kang tinanggenah rumeksa marangsabarang kagungane bendarane kabeh.45Nanging manawa abdi mau duwe gagasanmangkene: Bendaraku kok ora rawuh-rawuh,banjur wiwit nggitiki para abdi lanang lanwadon, sarta mangan lan ngombe ngantimendem, 46 samangsa bendarane rawuh ingdina kang ora kanyana lan ing wayah kang oradisumurupi, mesthi wong mau bakal dipatenilan dianggep padha bae karo wong kang orasetya.47Anadene abdi kang ngreti marang karsane

bendarane, mangka ora cecawis utawa oranindakake apa kang dikarsakake deningbendarane, iku bakal digebugi marambah-rambah. 48Nanging sing ora ngreti marangkarsane bendarane, mangka banjur nindakakeapa kang kagolong kena ing ukuman gebug,iku bakal tampa paukuman gebug, sawatara.Saben wong kang kaparingan akeh, iku bakalkapundhutan akeh, sarta kang dipracaya akeh,bakal kapundhutan luwih dening akeh.”

Page 316: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 12.49–56 84

Rawuhe Gusti nuwuhake crah

12:49-53Mt 10:34-36

49 “TekaKu iki nibakake geni ing bumi lanapa kang Dakkarepake, manawa wis murub?50Aku kudu nampani baptis lan sapira gedhenekasusahaning atiKu, sadurunge iku rampung!51Apa pangiramu, tekaKu ing bumi iki nggawakarukunan? Ora, Aku pitutur marang kowe:Aku ora nggawa katentreman, nangingnuwuhake crah. 52Amarga wiwit saiki wonglima kang tunggal saomah bakal crah, kangtelu karo kang loro, kang loro karo kang telu.53Kabeh bakal padha crah, bapa karo anakelanang, lan anak lanang karo bapakne, embokkaro anake wadon, lan anak wadon karoembokne, embok maratuwa karo mantunewadon, lan mantu wadon karo emboknemaratuwa.”

Bab ilapating mangsa-kala

12:54-5954Ana maneh pangandikane Gusti Yesus

marang wong akeh: “Manawa kowe padhaweruh mendhung jumedhul ing sisih kulon,kowe banjur bisa kandha: Arep udan, lantumuli iya kalakon mangkono. 55Sarta manawakowe weruh angin saka kidul, kowe banjurkandha: Mengko bakal panas gumemplang,lan iku iya tumuli kalakon mangkono. 56Heh,

Page 317: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 12.57–13.4 85

wong lamis, semuning bumi lan langit kowepadha bisa niteni, yagene kowe ora bisa nitenikaanane jaman saiki?57Lan maneh yagene kowe padha ora

netepake dhewe apa kang bener? 58Amarga,manawa kowe karo lawananmu padha arepngadhep marang ing ngarsane pamarentah,ana ing dalan ngudia rukun karo wongmau, supaya kowe aja nganti diladekake ingngarsane hakim, lan hakim banjur masrahakekowe marang pambantune sarta pambantuiki tumuli nglebokake kowe marang ingpakunjaran. 59Aku pitutur marang kowe:Kowe ora bakal metu saka ing kono sadurungeutangmu sah.”

Dosa lan kasangsaran

13:1-5

131Nalika samana ana wong sawatarakang padha sowan ing ngarsane Gusti

Yesus ngaturi uninga bab wong-wong Galileakang padha kawutahake getihe dening SangPilatus, diworake ing getih kurban kangdiunjukake dening wong-wong mau. 2Paringwangsulane Gusti Yesus: “Apa pangiramuwong-wong Galilea iki luwih gedhe dosanekatimbang karo dosane wong-wong Galilealiyane kabeh, jalaran banjur ketaman lelakonkang kaya mangkono iku? 3Ora, kandhaKumarang kowe. Nanging manawa kowe orapadha mratobat, kowe bakal padha tiwaskabeh kanthi patrap mangkono. 4Utawa

Page 318: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 13.5–11 86

maneh apa pangiramu wong wolulas kangpadha mati kerubuhan menara ing Siloamkae kaluputane ngluwihi wong ing Yerusalemliyane kabeh? 5Aku pitutur marang kowe:Ora. Nanging manawa kowe kabeh padhaora mratobat, bakal tiwas kanthi patrapmangkono.”

Pasemon bab wit anjir kang ora awoh

13:6-96Gusti Yesus banjur paring pasemon

mangkene: “Ana wong kang duwe wit anjir,kang katandur ing pakebonane anggur,banjur diparani digoleki wohe, nanging oraoleh. 7Tumuli calathu marang kang nguruskebon anggur iku: Iki wis telung taun akugolek wohe, kok ora ana. Mulane tegorenbae wit iki! Kanggo apa urip ana ing lemahkene tanpa guna! 8Wangsulane wong mau:Bendara, kajengipun gesang sataun engkas,siti sakubengipun badhe kula paculi lan witpunika badhe kula rabuk, 9bokmanawi taunngajeng saged awoh; manawi boten, inggihlajeng kategora kemawon.”

Gusti Yesus nyarasake wongwungkuk ing dina Sabat

13:10-1710 Ing sawijining dina, pinuju dina Sabat,

Gusti Yesus memulang ana ing salah sawijiningpapan pangibadah. 11 Ing kono ana wong

Page 319: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 13.12–17 87

wadon kang kapanjingan dhemit wis wolulastaun, satemah banjur lara lan dadi wungkuk,ora bisa ngadeg jejeg. 12Bareng Gusti Yesusmirsa wong mau, banjur ditimbali sartadipangandikani mangkene: “He, mbok,lelaramu wis mari.” 13Tumuli ditumpangi asta,lan sanalika iku uga wong wadon mau bisangadeg jejeg maneh lan banjur ngluhurakeasmaning Allah. 14Nanging kepalane papanpangibadah iku nepsu, jalaran Gusti Yesusnyarasake wong ing dina Sabat, banjur calathumarang wong akeh: “Dina iku ana enem singkanggo nyambut-gawe. Mulane tekaa ing salahsijine dina iku supaya diwarasake, nanging ajaing dina Sabat.” 15Nanging Gusti mangsuli,pangandikane: “Heh, wong-wong lamis, apapanunggalanmu ing dina Sabat ora nguculisapine utawa kuldine saka ing kandhangbanjur diombekake. 16Apamaneh wong wadoniki, kang wis wolulas taun lawase kabandadening Iblis, apa ora prelu diuculi bebandaneing dina Sabat, amarga iki tedhak turuneRama Abraham?” 17Nalika Panjenenganengandika mangkono iku, kabeh kang nglawanpadha kisinan, dene wong akeh padha bungahawit saka anane kabeh kang katindakakedening Panjenengane kang sarwa luhur iku.

Page 320: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 13.18–25 88

Pasemon bab wiji sawi lan ragi

13:18-21Mt 13:31-33 Mk 4:30-32

18Gusti Yesus banjur ngandika: “Kratone Allahiku upamane apa, lan kena Dakupamakakeapa? 19 Iku kena diupamakake wiji sawi, kangkajupuk lan kasebar dening wong ana ingpakebonane, banjur thukul lan dadi uwit,nganti manuk-manuk ing awang-awangpadha nusuh ana ing pang-pange.” 20Lanpangandikane maneh mangkene: “KratoneAllah iku, kena Dakupamakake apa? 21 Ikuupamane kayadene ragi kang dijupuk deningwong wadon lan dicarubake ing glepung trigutelung taker, nganti kemrasukan kabeh.”

Bab lawang kang ciyut

13:22-3022Gusti Yesus banjur ndlajahi kutha-kutha lan

desa-desa sinambi memulang lan nglajengaketindake menyang ing Yerusalem.23Tumuli ana wong kang munjuk mangkene:

“Gusti, tiyang ingkang kapitulungan wilujengpunika punapa namung sakedhik?” 24Paringwangsulane Gusti Yesus marang wong-wongkang ana ing kono: “Padha mbudidayaalumebu ing lawang kang ciyut! Sabab Akupitutur marang kowe: Akeh wong kangngudi lumebu, nanging ora bisa. 25Manawakang kagungan dalem wis jumeneng lan wis

Page 321: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 13.26–31 89

ngancing lawang, lan kowe wiwit ngadeg anaing jaba ndhodhog lawang kalawan matur:Gusti, kawula nyuwun kori! Panjenenganebakal mangsuli mangkene: Aku ora ngreti,kowe iku saka ngendi. 26Kowe bakal matur:Kawula sampun nate sami nedha lanngombe wonten ing ngarsa Paduka, sartaPaduka sampun paring piwulang wonten ingmargi-margi ing kitha kawula. 27NangingPanjenengane bakal ngandika marang kowe:Aku ora ngreti, kowe iku saka ing ngendi,padha sumingkira saka ing ngarepKu, hehwong kang padha gawe piala! 28 Ing kono bakalana panangis lan keroting untu, samasa kowebakal padha weruh Rama Abraham lan RamaIskak sarta Rama Yakub apadene sakabehingnabi padha ana ing Kratoning Allah, mangkakowe dhewe padha kabuwang menyang ingjaba, 29 sarta bakal ana wong kang padha tekasaka ing wetan lan kulon lan tuwin saka inglor lan kidul, padha bakal linggih mangan anaing Kratoning Allah. 30Lah ana pamburi kangbakal padha dadi pangarep, lan ana pangarepkang bakal padha dadi pamburi.”

Gusti Yesus pinasthi seda anaing Yerusalem lan nutuhmarang kutha Yerusalem

13:31-35Mt 23:37-39

31 Ing nalika iku ana wong Farisi sawatarakang padha sowan lan matur marang Gusti

Page 322: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 13.32–14.1 90

Yesus: “Panjenengan kula aturi sumingkirsaking ngriki, awit Sang Prabu Herodhesbadhe ngangkah nyedani Panjenengan.”32Paring wangsulane Gusti Yesus: “Padhalungaa, kandhaa marang asu wawar iku:Aku nundhungi dhemit lan marasake wong,ing dina iki lan sesuk, dene ing telungdinane Aku bakal wis rampung. 33Nanginging dina iki, lan sesuk tuwin besuk embenAku kudu nerusake lakuKu, amarga orasamesthine kang jeneng nabi dipateni oraana ing Yerusalem. 34Yerusalem, Yerusalem,kowe kang mateni para nabi lan mbenturiwatu marang wong-wong kang padha diutusnemoni kowe. Wis makaping-kaping anggonKuarep nglumpukake anak-anakmu, padha kayababon anggone nglumpukake kuthuk-kuthukeana ing sangisoring swiwine, nanging kowe orangolehake. 35Lah omahmu bakal kapasrahakesuwung marang kowe. Nanging Aku pituturmarang kowe: Kowe bakal padha ora ndelengAku maneh nganti tumeka ing wektune kowepadha calathu mangkene: Binerkahana kangrawuh atas asmaning Pangeran.”

Gusti nyarasake wonging dina Sabat maneh

14:1-6

141 Ing sawijining dina, pinuju dina Sabat,Gusti Yesus rawuh ing omahe sawijining

panggedhene wong Farisi, arep dhahar rotiana ing kono. Kabeh wong kang ana ing

Page 323: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 14.2–10 91

kono padha ngulatake Panjenengane kanthitemenan. 2Lah ing kono tumuli ana wonglara busung ngadeg ing ngarsane. 3GustiYesus banjur ngandika marang para ahli Toretlan para wong Farisi mangkene: “Marasakewong ing dina Sabat iku kena apa ora?”4Kabeh padha meneng bae. Panjenenganebanjur ngasta tangane wong kang laramau lan diwarasake sarta didhawuhi lunga.5Sawise mangkono banjur ngandika marangwong-wong mau: “Sapa panunggalanmu, kanganake utawa sapine kecemplung ing sumur,ora banjur enggal-enggal nulungi dientasake,sanadyan ing dina Sabat?” 6Wong-wong mauora ana kang bisa ngaturi wangsulan.

Bab lungguh ing ngarep dheweutawa ing buri dhewe

14:7-117Bareng Gusti Yesus mirsa dhayoh-dhayoh

padha milih papan palinggihan ing ngarepdhewe, banjur padha dipangandikani pasemonmangkene: 8 “Manawa kowe diulemi jagongmanten, kowe aja linggih ing ngarep dhewe,awit bokmanawa kang duwe gawe wis ngulemiwong kang luwih dhuwur pangkate tinimbangkaro kowe, 9 supaya wong kang ngulemi kowelan wong mau aja padha marani kowe lancalathu marang kowe: Kula aturi mingser,palenggahan punika kagem sadherek punika.Kowe banjur kapeksa ngalih linggih ing buridhewe kalawan wirang. 10Mulane, manawa

Page 324: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 14.11–14 92

kowe diulemi, linggiha ing buri dhewe.Bokmanawa mengko sing duwe omah banjurmarani lan calathu marang kowe: Sadherek,mangga kula aturi lenggah ing ngajeng.Temahan kowe katon anggonmu kajen ana ingngarepane para dhayoh liyane kabeh. 11Sababsing sapa ngluhurake awake dhewe, bakalkaasorake, lan sing sapa ngasorake awakedhewe bakal diluhurake.

Sapa kang wajib diulemi

14:12-1412Gusti Yesus uga banjur ngandika marang

wong kang ngaturi rawuh Panjenengane:“Manawa kowe nganakake pista ing wayahawan utawa bengi, kowe aja ngulemi mitra-mitramu, utawa sadulur-sadulurmu, utawasanak-kadangmu utawa tangga-teparomukang sugih-sugih, amarga iku bakal padhamales genti ngulemi kowe, dadi kowe wis olehpiwales. 13Nanging, manawa kowe nganakakepista, ngulemana wong-wong kang mlarat,kang cacad, kang lumpuh lan kang wuta.14Yen mangkono kowe bakal rahayu, amargawong iku kabeh ora padha duwe kang dianggomales marang kowe. Dene kowe bakal tampapiwales besuk ing dina patangening para wongmursid.”

Page 325: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 14.15–21 93

Pasemon bab wong-wong kangpadha ngaturake pawadan

14:15-24Mt 22:1-10

15Krungu pangandika kang mangkonoiku, ana sawijining dhayoh kang maturmarang Gusti Yesus: “Rahayu tiyang ingkangsami badhe kasegah nedha wonten ingKratoning Allah.” 16Nanging Gusti Yesusngandika marang wong mau: “Ana wongnganakake pista gedhen lan ngulemi wongakeh. 17Bareng wis ndungkap wayahebujana, bature dikongkon pratela marangwong kang padha diulemi: Sumangga samikarsaa rawuh, amargi sadaya-sadayanipunsampun cumawis. 18Nanging kabeh padhabebarengan nyuwun ngapura. Wong kangkapisan matur mangkene: Kula mentastumbas pategilan, kula badhe ningali mrika,mila kula nyuwun pangapunten. 19Wongliyane matur mangkene: Kula mentas tumbaslembu gangsal rakit, kula badhe kesahnyobi lembu-lembu punika, mila nyuwunpangapunten. 20Wong liyane maneh matur:Kula saweg kemawon emah-emah, milaboten saged sowan. 21Batur mau banjurmulih ngaturake iku kabeh marang lurahe.Kang duwe omah nepsu banget sarta calathumarang bature: Enggal menyanga ingdalan-dalan lan lurung-lurung kutha, wongmlarat, wong cacad, wong picak lan wong

Page 326: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 14.22–30 94

lumpuh padha iriden mrene. 22Bature tumulimatur: Bendara, sadaya dhawuh panjenengansampun kalampahan, ewasamanten papanipuntaksih tirah. 23Lurahe banjur calathu marangbature: Menyanga ing lurung-lurung laning dalan-dalan cilik, wong-wong sing anaing kono padha peksanen mlebu mrene,amarga omahku kudu kebak. 24Awit akupitutur marang kowe: Wong kang padhadiulemi dhisik mau siji bae ora ana kang bakalngrasakake suguhanku.”

Aja gumampang manjing dadipandhereke Gusti Yesus

14:25-3525Kacarita Gusti Yesus banjur tindak

kadherekake wong akeh gumrudug. Gustitumuli minger ngandika marang wong-wongmau: 26 “Manawa ana wong kang sowaning ngarsaKu, mangka ora sengit marangbapakne, ibune, bojone, anak-anake, sadulur-sadulure lanang utawa wadon, malah nyawanedhewe pisan, iku ora bisa dadi siswaKu. 27Singsapa ora manggul salibe lan ngetut buri Aku,iku ora bisa dadi siswaKu.28Sabab sapa ta panunggalanmu kang

arep ngadegake manara, ora linggih dhisikngetung-etung, apa dhuwite cukup kanggongragadi nganti sarampunge. 29Supayamanawa wis rampung pandhemene, mangkaora bisa mbacutake, sakehe wong kang weruhaja nganti padha moyoki 30mangkene: Wong

Page 327: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 14.31–15.4 95

iku ngadani gegawean, nanging kok ora bisangrampungake!31Utawa, ratu ngendi sing arep andon

perang mungsuh ratu liyane, kok ora lenggahdhisik prelu nggalih-nggalih, apa wadyabalasaleksa iku cukup kanggo nglawan mungsuhkang nekani kalawan nggawa bala rongleksa? 32Manawa ora, mesthi banjur utusan,mumpung mungsuh iku isih adoh, prelunakokake prajanjian-prajanjiane bedhamen.33Mangkono uga saben wong panunggalanmu,kang ora bisa ninggal sabarang darbekekabeh, iku ora bisa dadi siswaKu.34Uyah iku pancen apik, nanging manawa

uyah iku ilang asine, apa kang kanggomulihake rasane? 35Wis ora ana gunane,kanggoa tegal utawa kanggoa rabuk, mungbanjur dibuwang bae. Sing sapa duwe kupingkanggo ngrungokake, ngrungokna!

Pasemon bab wedhus kang ilang

15:1-7Mt 18:12-14

151Para juru-mupu-beya lan wong dosaiku adate padha sowan ing ngarsane

Gusti Yesus ngrungokake piwulange. 2WongFarisi lan para ahli Toret satemah padhakedumelan, pangucape: “Wong iku koknampani wong dosa lan mangan bebarengan.”3Panjenengane banjur paring pasemonmangkene: 4 “Sapa panunggalanmu, kangduwe wedhus satus, mangka ana siji sing

Page 328: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 15.5–10 96

ilang, apa ora banjur nggoleki sing ilangiku nganti saketemune, sing sangang puluhsanga ditinggal ana ing ara-ara samun? 5Lanmanawa wis ketemu, nuli dipanggul kalawanbungah 6 sarta satekane ing omahe, banjurngundangi mitra-mitrane lan tangga teparonelan padha dikandhani: Ayo, padha bebarenganbungah-bungah karo aku, sabab wedhuskusing ilang wis ketemu. 7Aku pitutur marangkowe: Iya kaya mangkono iku ing swargabakal ana kabungahan gedhe marga ana wongdosa siji kang mratobat, ngluwihi kabungahankang tumrap wong sangang puluh sanga kangora usah mratobat.”

Pasemon bab dhuwit dirham kang ilang

15:8-108 “Utawa endi ana wong wadon duwe

dhuwit dirham sapuluh, mangka ilang siji,kok ora banjur nyumed damar lan nyaponiomahe, nggoleki njlimet nganti saketemune?9Lan manawa wis ketemu, banjur ngundangimitra-mitrane lan tangga teparone sarta padhadicritani mangkene: Dhuwitku dirham singilang wis ketemu. Ayo, padha bungah-bungahbebarengan karo aku. 10Aku pitutur marangkowe: Samono uga para malaekate GustiAllah bakal padha bungah-bungah, jalaran anawong dosa siji kang mratobat.”

Page 329: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 15.11–19 97

Pasemon bab anak kang ilang

15:11-3211Gusti Yesus ngandika maneh: “Ana

wong duwe anak lanang loro. 12Anak kangwuragil matur marang bapakne: “Bapak,keparenga kula nyuwun saperanganingbarang darbek kita ingkang dados hak kula.Bapakne iya banjur mbage-bage barangdarbeke, diwenehake marang sakarone.13Let sawatara dina kang wuragil mau banjurngedoli bageane kabeh, sawise mangkono nulilunga menyang nagara kang adoh. Ana ingkana barang darbeke diebreh-ebreh dianggonguja kekarepane. 14Bareng wis entek kabeh,ing tanah kono ana pailan kang nggegirisi,dheweke banjur wiwit nandhang kakurangan.15Tumuli lunga lan nyambut-gawe ana ingwewengkoning sawijining wong ing tanahkono, banjur dikon angon babi-babine ana ingpategalane. 16Nuli kepengin ngiseni wetengekalawan ampas pakan babi iku, nanging oraana wong kang gelem menehi. 17Banjur elingmarang kaanane, mangkene panggagase:Buruhe bapakku pirang-pirang lan padha bisamangan mubra-mubru, mangka aku ana ingkene mati kaliren. 18Aku dakmulih menyanging daleme bapakku lan matur: Bapak, kulasampun nglampahi dosa dhumateng swargalan dhumateng bapak, 19kula sampun botenpantes kawastanan putranipun bapak malih;keparenga namung dados satunggaling

Page 330: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 15.20–29 98

berahipun bapak kemawon. 20Banjur ngadeglan mulih marani bapakne. Nalika isih adoh,bapakne wis ngawasake tekane, atine trenyuhbanget marga saka welase. Tumuli diplayoni,banjur dirangkul lan diambungi. 21Anakematur: Bapak, kula sampun nglampahi dosadhumateng ing swarga tuwin dhumatengbapak. Kula sampun boten pantes kawastananputranipun bapak malih. 22Nanging bapakneprentah marang batur-bature: Enggal jupuknajubah kang apik dhewe, nuli enggokna, drijineenggonana ali-ali lan enggonana sepatu sikile.23Banjur njupuka pedhet sing lemu, belehen.Ayo padha mangan lan seneng-seneng.24Sabab anakku iki wis mati, urip maneh,wis ilang, ketemu. Banjur padha wiwitsukan-sukan. 25Nanging anake pambareplagi ana ing pategalan. Bareng mulih lan wiscedhak karo omahe, krungu swaraning sulinglan wong kang padha tetembangan jejogedan.26Banjur ngundang salah sawijining baturlan ditakoni, apa tegese iku kabeh. 27Aturebatur: Punika ingkang rayi rawuh, deneingkang rama sampun dhawuh mragat pedhetingkang lema, amargi kepanggih malih kaliyanputranipun kanthi wilujeng. 28Anak pambarepmau temah nepsu lan ora gelem lumebuing omah. Bapakne nuli metu lan ngrerepa.29Nanging diwangsuli mangkene: Sampunmataun-taun anggen kula ngladosi bapaklan boten nate nerak wewaleripun bapak,nanging bapak boten nate maringi cempesatunggal kemawon, kangge bingah-bingah

Page 331: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 15.30–16.4 99

kaliyan kanca-kanca kula. 30Nanging sarengputranipun bapak ingkang ngebreh-ebrehraja-darbekipun bapak, kadamel mblunthahkaliyan sundel-sundel, saweg kemawondhateng, bapak lajeng mragat pedhet lemankangge piyambakipun. 31Bapakne calathu:Anakku, engger, kowe iku salawase nunggalkaro aku, lan apa saduwekku iku duwekmu.32Aku kabeh wis samesthine kudu padhabungah-bungah lan seneng-seneng, jalaranadhimu wis mati urip maneh, wis ilangketemu.”

Pasemon bab juru-gedhongkang ora temen

16:1-9

161Ana maneh pangandikane GustiYesus marang para sakabate: “Ana

wong sugih duwe juru-gedhong. Iku diwaduli,manawa juru-gedhong mau ngawut-awutbarang darbeke. 2Mulane banjur diundanglan dicalathoni mangkene: Kapriye, deneaku nganti krungu bab tumindakmu kangmangkono iku? Mara, aku wenehanapalapuran tumrap rereksanmu, amarga kowewis ora kena mbanjurake pagaweanmu dadijuru-gedhong. 3 Juru-gedhong mau nuli mikir:Gek aku arep nyambut-gawe apa? Aku dipocotanggonku dadi juru-gedhong. Macul aku orabisa, ngemis aku isin. 4 Iya, aku wis olehdalan, supaya manawa aku sida dipocot sakaing pagaweanku dadi juru-gedhong, ana wong

Page 332: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 16.5–10 100

kang gelem ngukup aku ana ing omahe.5Wong kang padha utang marang lurahepadha diundangi siji-siji. Wong kang kapisandicalathoni mangkene: Pira utangmu maranglurahku? 6Wangsulane: Lisah satus tong.Banjur dikandhani: Enya iki layang-utangmu.Linggiha, gawea layang-utang liyane, saikiuga, kang muni: Seket tong. 7Wong kangkapindho ditakoni: Lah kowe utangmu pira?Wangsulane wong mau: Gandum satus dhacin.Banjur dikandhani: Enya iki layang-utangmu.Gawea layang-utang liyane, tulisen: Wolungpuluh dhacin. 8Lurahe banjur ngalem marangjuru-gedhong kang ora temen iku, marga sakaanggone duwe akal kang mangkono iku, sababpara anaking jagad iki tumrap kang tunggalgolongan, akale ngluwihi para ahli-warisingpepadhang.9Lan Aku pitutur marang kowe: Padha

memitrana kalawan migunakake Mamon kangora temen iku, supaya manawa kowe koncatanMamon iku, kowe banjur ditampani ana ingtarub kang langgeng.”

Bab temen tumrap prakara kang sapele

Pitutur warna-warna

16:10-1810 “Sing sapa tumemen ing bab prakara

kang sepele, iya tumemen ing bab prakarakang wigati. Lan sing sapa ora tumemen babprakara kang sapele, iku iya ora tumemen

Page 333: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 16.11–18 101

ing bab prakara kang wigati. 11Dadi, manawakowe ora tumemen ing bab Mamon, kangora temen iku, sapa kang bakal mitayakakebarang kang sanyata marang kowe? 12Lanmanawa kowe ora tumemen tumrap barangingliyan, sapa kang bakal menehake barangmudhewe marang kowe?13Ora ana batur kang bisa ngladeni bandara

loro. Amarga manawa mangkono, mesthibakal sengit marang kang siji lan tresnamarang sijine, utawa setya marang kangsiji lan nyepelekake marang sijine. Ora bisakowe ngawula marang Gusti Allah lan marangMamon.”14 Iku mau kabeh iya kaprungu dening

wong-wong Farisi, kang padha karem bandha,banjur padha ngencepi Panjenengane. 15GustiYesus banjur ngandika marang wong-wongmau: “Kowe iku padha mbenerake awakmudhewe ana ing ngarepaning wong, nangingGusti Allah nguningani isining atimu. Sababapa kang dianggep pinunjul dening manungsa,iku sinengitan dening Allah.16Angger-anggering Toret lan kitab-kitabe

para nabi iku kanggone nganti tumeka jamaneNabi Yokanan. Wiwit ing wektu iku InjilKratoning Allah kaundhangake lan saben wongrebutan arep lumebu ing kono. 17Anangingluwih gampang sirnane langit lan bumi,katimbang karo bataling titik siji kang ana ingangger-anggering Toret. 18Saben wong kangmegat rabine, banjur rabi liyane, iku dadi lakujina; lan sing sapa ngrabeni wong wadon kang

Page 334: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 16.19–25 102

dipegat dening sing lanang mau, iku iya lakujina.”

Pasemon bab wong sugih lan Lazarus

16:19-3119 “Ana wong sugih kang tansah manganggo

jubah wungu lan kain kang alus, sartasaben dina mangun suka ngeram-eramake.20Lan ana wong ngemis jenenge Lazarus,awake sakojur gudhigen; ngglungsar ana ingsacedhake regoling omahe wong sugih mau21 sarta banget kapengin ngilangake luwenekalawan gogrogan saka ing mejane wongsugih iku. Nanging malah diparani asu-asusing padha ndilati gudhige. 22Kacarita wongmiskin mau mati, banjur digawa deningpara malaekat menyang ing pangkone RamaAbraham. 23Wong sugih mau iya mati lanbanjur dikubur. Lan nalika dheweke ana ingsajroning teleng-palimengan sarta nandhangsangsara iku tumenga, nuli sumurup RamaAbraham ana ing kadohan mangku Lazarus.24Banjur nguwuh-uwuh, ature: Dhuh, RamaAbraham, mugi karsaa paring kawelasandhateng kula. Lazarus mugi kadhawuhananyelupaken pucuking drijinipun wonten ingtoya, kangge ngasrepaken ilat kula, amargikula nandhang sangsara sanget wonten inglatu murub punika. 25Nanging Rama Abrahammangsuli, pangandikane: Angger, elinga, yenkowe wis tampa samubarang kang beciksalawase uripmu, nanging Lazarus tampa

Page 335: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 16.26–17.2 103

samubarang kang ora apik. Saiki dheweketampa panglipur, dene kowe nandhangsangsara banget. 26Kajaba saka iku ingantarane aku lan kowe ana jurang kang orakena diliwati, supaya wong ing kene kangarep menyang ing panggonanmu utawa wongkang ana ing panggonanmu arep mrene orabisa. 27Ature wong mau: Manawi makaten,panyuwun kula, dhuh Rama, Lazarus mugikadhawuhana dhateng ing griyanipun bapakula, 28awit sadherek kula taksih gangsal,supados sami kaengetna kanthi saestu, amrihing benjingipun sampun sami lumebet ingpapan ingkang sangsara punika. 29Nangingpangandikane Rama Abraham: Iku wis duwepaseksene Nabi Musa lan para nabi liyane. Iyaiku kang kudu padha dirungokake. 30Aturewong mau: Boten, Rama Abraham, nangingmanawi wonten patunggilanipun tiyangpejah ingkang ndhatengi, tamtu sami badhemratobat. 31Pangandikane Rama Abraham:Manawa ora padha ngrungokake pasekseneNabi Musa lan para nabi liyane, mesthi iya orakena dikandhani, sanadyan ana wong kangtangi saka ing antarane wong mati.”

Pitutur warna-warna

17:1-6

171Gusti Yesus ngandika marang parasakabate: “Ora kena ora mesthi

bakal ana panasaran, nanging bilai kangnganakake. 2Luwih becik manawa wong

Page 336: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 17.3–10 104

iku dikalungana ing watu panggilingan lanbanjur dicemplungake ing sagara, katimbangnasarake salah sijine wong kang ringkihiki. 3Reksanen awakmu dhewe! Manawasadulurmu duwe kaluputan welehna; manawakaduwung apuranen. 4Saupama anggonekaluputan marang kowe ngantia kaping pitusadina lan kaping pitu uga anggone maranikowe sarta pratela: Aku kaduwung, iya kudukokapura.”5Para rasul nuli munjuk marang Gusti:

“Kawula mugi sami kaparingana kapitadosan!”6Paring wangsulane Gusti: “Manawa koweduwe pangandel kang gedhene sawiji sawibae, yen kowe calathu marang wit anjir alasiki: Rungkada, tumancepa ing sagara; mesthibakal ngestokake marang pakonmu.”

Lurah lan batur

17:7-107 “Sapa panunggalanmu kang duwe batur,

kang mluku utawa angon raja-kayane, saulihesaka ing pategalan apa banjur dicalathoni:Ayo, endang mangan! 8Apa ora malahkosokbaline, dicalathoni mangkene: Akucawisana mangan, kowe banjur sabukana lanngladenana nganti sarampunge anggonkumangan lan ngombe. Lan sawise iku kowekena mangan lan ngombe. 9Apa batur maubanjur diwenehi panarima, marga sakaanggone wis nglakoni apa kang diprentahake?10Mangkono uga kowe. Manawa kowe wis

Page 337: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 17.11–19 105

nglakoni kabeh kang kaprentahake marangkowe, kowe padha munia: Aku kabeh ikiabdi-abdi kang tanpa guna, amarga mungnglakoni apa kang padha kudu daktindakake.”

Gusti nyarasake wong budhugen sapuluh

17:11-1911Kacarita nalika Gusti Yesus tindak

menyang ing Yerusalem, miyos ing saurutingtapel-watese tanah Samaria lan Galilea.12Bareng lumebet ing sawijining desa, anawong lara budhugen sapuluh sowan maranging ngarsane, nanging mung ngadeg kaparaadoh, 13 sarta padha nguwuh seru, unjuke:“Dhuh, Gusti Yesus, Sang Guru, kawula mugisami Paduka welasi!” 14Panjenengane nulimirsani wong-wong mau lan ngandika: “Kowepadha lungaa, awakmu tuduhna marangimam!” Kocapa, sajrone padha lumaku iku,padha birat najise. 15Ana siji kang barengweruh yen wis waras, banjur cengkelak balikanthi ngluhurake Gusti Allah kalawan suwarasora. 16Nuli nyungkemi padane Gusti Yesus,ngunjukake panuwun. Mangka iku wongSamaria. 17Gusti Yesus banjur ngandika: “Apaora wong sapuluh kang birat najise? Lah kangsanga endi? 18Apa panunggalane iku ora anakang bali ngluhurake Gusti Allah, kajaba mungwong manca iki?” 19Banjur ngandika marangwong mau: “Ngadega, lungaa, pangandelmukang wus mitulungi kowe.”

Page 338: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 17.20–28 106

Bab bakal rawuhe Kratoning Allah

17:20-37Mt 24:23-28, 36-41

20Bareng wong Farisi padha matur pitakonbab besuk kapan bakal rawuhe KratoningAllah, Gusti Yesus nuli paring wangsulan,pangandikane: “Rawuhe Kratoning Allahiku tanpa pratandha-pratandha kang katon,21 sarta wong iya ora bisa kandha: Lah ana ingkene, utawa ana ing kana! Amarga satemeneKratoning Allah iku ana ing antaramu.”22Banjur ngandika marang para sakabate:

“Bakal tumeka ing wektune, kowe padhakapengin nyumurupi sawijining dinanePutraning Manungsa, nanging ora bakal bisanyumurupi. 23Sarta wong bakal ngandhanikowe: Lah, ana ing kana; lah ana ing kene!Kowe aja mrana lan aja kelu. 24Awitdene kayakilat anggone gumebyar saka ing tepininglangit ing sisih kene tekan ing sisih kana, iyakaya mangkono uga ing dina bakal rawuhePutraning Manungsa. 25Nanging Panjenenganekudu nandhang sangsara akeh dhisik lankatampik dening jinis iki. 26Sarta kayadenenalika jamane Nabi Nuh, iya kaya mangkonokaanane besuk ing dina-dinane PutraningManungsa. 27Wong-wong padha mangan lanngombe, padha omah-omah lan diomah-omahake, nganti tumeka ing dinane Nabi Nuhlumebet ing prau; banjur ana banjir gedhe,kang numpes wong kabeh. 28Uga kaya kang

Page 339: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 17.29–37 107

kalakon nalika jamane Lut: wong-wong padhamangan lan ngombe, padha dol-tinuku, padhanenandur lan padha yeyasa. 29Nanging ingdina lungane Lut metu saka ing kutha Sodom,banjur ana udan geni lan udan walirang sakaing langit, kang numpes wong kabeh. 30 Iyakaya mangkono besuk ing dina ngatingalePutraning Manungsa. 31Sing sapa ing dina ikupinuju ana ing payon, mangka barang-barangeana ing jero omah, aja mudhun njupuki;mangkono uga kang lagi ana ing pategalan,aja mulih. 32Elinga marang bojone Lut! 33Singsapa ngudi rumeksa marang nyawane, bakalkelangan nyawane, lan sing sapa kelangannyawanr, iku bakal nylametake nyawane.34Aku pitutur marang kowe: Ing bengi ikubakal ana wong loro kang tunggal sapaturon,kang siji bakal kapulung, sijine bakal katilar.35Ana wong wadon loro kang lagi padha giling,kang siji bakal kapulung, sijine bakal katilar.36Manawa ana wong loro ana ing pategalan,kang siji bakal kapulung, sijine bakal katilar.”37Para sakabat banjur padha munjuk marangGusti Yesus: “Wonten ing pundi, Gusti?” Paringwangsulane: “Ing ngendi ana mayit, iya ingkono manuk-manuk garudha bakal padhanglumpuk.”

Page 340: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 18.1–8 108

Pasemon bab hakim kangtumindak sawenang-wenang

18:1-8

181Gusti Yesus paring pasemon marangpara sakabate, kang wose supaya

tansah padha ndedonga, aja nganti bosen.2Pangandikane: “Ing sawijining kutha anahakim kang ora wedi marang Gusti Allahlan ora mreduli marang wong. 3 Ing kuthakono ana randha kang pijer marani hakimmau lan matur: Kula mugi panjenenganrencangi anggen kula prakawisan kaliyanlawan kula. 4Hakim mau sawatara lawaseora gelem, nanging wasana banjur nggagasmangkene: Sanadyan aku ora wedi marangGusti Allah lan ora mreduli marang wongsiji-sijia, 5mung bae sarehne randha ikitansah ngrubedi aku, prayogane dakolehneadil bae, supaya aja pijer teka lan wekasaneaku diamuk.” 6Gusti banjur ngandika: “Padhawigatekna apa kang dikandhakake deninghakim kang ambek sawenang-wenang iku!7Apa Gusti Allah ora bakal maringi adilmarang para pepilihane kang rina wengi padhasesambat marang Panjenengane? Lan apaPanjenengane anggone arep paring pitulungandiundur-undur? 8Aku pitutur marang kowe:Panjenengane bakal enggal maringi adil.Nanging manawa Putraning Manungsa rawuh,apa bakal manggih pangandel ana ing bumi?”

Page 341: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 18.9–14 109

Pasemon bab wong Farisilan juru-mupu-beya

18:9-149Lan marang wong sawatara kang nganggep

awake dhewe sampurna sarta ngremehakemarang wong liya, Panjenengane paringpasemon mangkene: 10 “Ana wong loropadha mlebu ing Padaleman Suci arepndedonga; kang siji wong Farisi, sijinejuru-mupu-beya. 11Wong Farisi iku ngadeglan ndedonga sajroning atine mangkene:Dhuh Allah, kawula ngunjukaken gengingpanuwun wonten ing ngarsa Paduka, denekawula boten sami kaliyan tiyang-tiyangsanes, sanes rampog, sanes tiyang ingkangtumindak sawenang-wenang, sanes tiyangingkang lampah jina saha boten kados juru-mupu-beya punika. 12Kawula siyam kapingkalih saminggu. Sadaya pamedal kawula,kawula pisungsungaken sapradasanipun.13Kosokbaline juru-mupu-beya iku mungngadeg ana ing kadohan, malah tumengamarang ing langit bae ora wani, nangingmung tebah-tebah dhadha sarta munjukmangkene: Dhuh Allah, kawula tiyang dosamugi Paduka welasi. 14Aku pitutur marangkowe: Wong iki saundure mulih kaanggepsampurna, dene sijine mau ora. Awit sing sapangluhurake awake dhewe, bakal kaasorake,dene kang ngasorake awake dhewe, iku bakalkaluhurake.”

Page 342: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 18.15–20 110

Gusti Yesus mberkahi bocah-bocah

18:15-17Mt 19:13-15 Mk 10:13-16

15Tumuli ana wong kang padha tekanyowanake anak-anake kang isih cilik maranging ngarsane, supaya padha diasta. Sumurupkang mangkono iku para sakabate padhanepsu marang wong-wong mau. 16Nangingbanjur padha ditimbali dening Gusti Yesussarta padha dipangandikani: “Cikben bocah-bocah padha marani Aku, aja kokpenggak,sabab wong-wong kang kaya mangkono ikukang nduweni Kratoning Allah. 17Aku pituturmarang kowe: Satemene sing sapa anggonenampani Kratoning Allah ora kaya bocah cilik,iku ora bakal lumebu ing kono.”

Wong sugih angel anggone bisalumebu ing Kratoning Allah

18:18-27Mt 19:16-26 Mk 10:17-27

18Kacarita ana sawijining panggedhe maturpitakon marang Gusti Yesus mangkene: “Dhuh,Guru ingkang utami, punapa ingkang kedahkula lampahi, amrih angsal gesang langgeng?”19Paring wangsulane Gusti Yesus: “Yagenekowe ngarani Aku utama? Ora ana wong sijibae kang utama kajaba mung Gusti Allahpiyambak. 20Mesthine kowe wis nyumurupikabeh pepakone Gusti Allah: Sira aja laku jina,

Page 343: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 18.21–29 111

aja memateni, aja nyenyolong, aja ngucapakepaseksi goroh, ngajenana bapa biyungira.”21Unjuke wong mau: “Punika sadaya sampunkula lampahi wiwit anem mila.” 22Mireng kangmangkono iku Gusti Yesus banjur ngandika:“Isih ana siji kang kudu koklakoni: kabehbarang darbekmu edolana lan edum-edumnamarang wong-wong miskin, temah kowe bakalduwe bandha ana ing swarga, nuli mrenea,melua Aku.” 23Bareng wong mau krungupangandika iku, banjur sedhih banget, amargakaliwat sugihe. 24Banjur dipandeng deningGusti Yesus sarta dipangandikani: “Pancenangel banget tumraping wong sugih dhuwit,bisane lumebu ing Kratoning Allah. 25Amargagampang unta nlusup ing bolonganing dom,katimbang karo wong sugih lumebu ingKratoning Allah.” 26Wong-wong kang padakrungu padha calathu: “Yen mangkono, sapakang bisa oleh karahayon?” 27PangandikaneGusti Yesus: “Apa kang mokal tumrapingmanungsa, iku ora mokal tumraping Allah.”

Pituwase ndherek Gusti Yesus

18:28-30Mt 19:27-30 Mk 10:28-31

28Petrus munjuk: “Kawula punika smapunsami nilar sadaya gadhahan kawula lajengndherek Paduka.” 29Pangandikane GustiYesus: “Aku pitutur marang kowe, satemenesaben wong kang marga saka Kratoning Allahninggal omahe, bojone utawa sadulure, wong

Page 344: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 18.30–36 112

tuwane utawa anak-anake, 30 iku bakal tampapiwales tikel-matikel, ing jaman saiki uga, laning jaman kang bakal kalakon bakal tampaurip langgeng.”

Gusti Yesus paring sumurupkang kaping telune bab anggone

bakal nandhang sangsara

18:31-34Mt 20:17-19 Mk 10:32-34

31Gusti Yesus banjur nimbali sakabate rolassarta dipangandikani mangkene: “Saiki Akukabeh padha menyang Yerusalem lan kabehkang katulisan dening para nabi tumrapPutraning Manungsa, iku bakal kayektenan.32Sabab Panjenengane bakal dipasrahakemarang bangsa-bangsa kang ora wanuhmarang Allah, dipoyoki, disiya-siya lan diidoni,33 sarta disapu banjur disedani, lan ing telungdinane bakal wungu.” 34Nanging para sakabatpadha ora mangreti babar pisan bab ikukabeh; padha kasamaran sarta padha oranyandhak marang isining pangandika mau.

Gusti Yesus nyarasake wong wutaing sacedhake kutha Yerikho

18:35-43Mt 20:29-34 Mk 10:46-52

35Bareng tindake Gusti Yesus wis mehtekan ing kutha Yerikho, ana wong wutalinggih ing pinggir dalan, ngemis. 36Nalika

Page 345: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 18.37–19.4 113

krungu wong akeh padha liwat, wong mautakon: “Apa iku?” 37Ana wong kang mangsuli:“Gusti Yesus Nasarani langkung.” 38Dhewekebanjur nguwuh-uwuh: “Dhuh, Gusti Yesus,Tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugiPaduka welasi!” 39Wong-wong kang padhalumaku ing ngarep padha nyendhu wong mau,dikon meneng. Nanging panguwuhe malahsaya seru: “Dhuh, Tedhakipun Sang PrabuDawud, kawula mugi Paduka welasi!” 40GustiYesus banjur kendel lan dhawuh nyowanakewong mau. Bareng wis ana ing ngarsane, GustiYesus ndangu: 41 “Karepmu dakkapakake?”Unjuke: “Dhuh, Gusti, kawula mugi sagedaningali.” 42Gusti Yesus nuli ngandika marangdheweke: “Bisaa ndeleng! Pangandelmu kangmitulungi kowe.” 43Sanalika iku uga wongmau bisa ndeleng, banjur ndherekake tindakeGusti Yesus kambi ngluhurake Gusti Allah.Kabeh wong kang padha nyumurupi lelakoniku padha saos puji marang Gusti Allah.

Carita bab Zakheus

19:1-10

191Gusti Yesus banjur lumebet ing kuthaYerikho lan tindak nratas ing kutha

kono. 2 Ing kono ana wong aran Zakheus,juru-mupu-beya kang sugih. 3 Iku ngudi bisanendeleng Gusti Yesus iku kaya apa, nangingora bisa marga saka cendheke dedege,kaling-kalingan wong akeh. 4Mulane banjurlumayu ndhisiki wong akeh, nuli menek ing

Page 346: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 19.5–11 114

wit anjir supaya bisa ndeleng Gusti Yesus,kang bakal langkung ing kono. 5Nalika GustiYesus rawuh ing panggonan kono, banjurtumenga lan ngandika: “Zakheus, enggalmudhuna, amarga dina iki Aku prelu lerenana ing omahmu.” 6Zakheus enggal-enggalmudhun lan nampani Gusti Yesus kalawanbungah. 7Nanging kabeh wong kang weruhpadha pating kadumel, pangucape: “Kokkarsa lereb ana ing omahe wong dosa.”8Nanging Zakheus banjur ngadeg lan munjukmarang Gusti: “Gusti, sabarang gadhahankawula, sapalih badhe kawula sukakakendhateng tiyang miskin sarta manawi wontentiyang ingkang sakinten kawula pendhetipunapa-punapanipun kanthi patrap ingkangboten sae, badhe kawula wangsulaken tikelsakawan.” 9Pangandikane Gusti Yesus: “Ingdina iki omah iki katekan karahayon, amargawong iki iya tedhake Rama Abraham. 10SababPutraning Manungsa iku rawuhe prelu nggolekilan mitulungi rahayu marang wong kangkatriwal.”

Pasemon bab dhuwit sapuluh mina

19:11-27Mt 25:14-30

11Gusti Yesus banjur paring pasemonmarang wong kang padha ngrungokakepangandikane, sabab tindake wis cedhakkutha Yerusalem sarta panyanane wong-wongmau yen Kratoning Allah bakal enggal kababar.

Page 347: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 19.12–21 11512Panjenengane banjur ngandika: “Anasawijining priyagung tindak menyang ingtanah adoh bakal kajumenengake ratu anaing kana, nuli kondur. 13Banjur nimbali abdinesapuluh, padha kapasrahan dhuwit sapuluhmina, pangandikane: Dhuwit iki anggonendagang nganti tumeka sakondurku. 14Nangingpanjenengane iku disengiti ing wong-wonging nagarane, mulane tumuli padha nusulikongkonan, padha dikon munjuk: Kawulasami boten trimah, manawi tiyang punikajumeneng ratu, ngereh kawula sadaya.15Kacarita nalika panjenengane kondur, sawisekajumenengake dadi ratu, banjur dhawuhnimbali para abdine, kang padha dipasrahidhuwit, awit kapengin nguningani bebathenesiji-sijine anggone laku dagang. 16Wong kangkapisan seba lan munjuk: Gusti, kagungandalem arta samina angsal bathi sadasamina. 17Pangandikane Gustine: Apik bangetpagaweanira, heh, abdi kang becik. Sarehnesira tumemen ing bab kang sapele, mulanesira sunparengake nguwasani kutha sapuluh.18Nuli kang kapindho seba sarta munjuk:Gusti, kagungan dalem arta samina angsalbathi gangsal mina. 19Pangandikane marangwong iku: Dene sira nguwasanana kutha lima.20Abdi kang katelu seba lan munjuk: Gusti,lah punika kagungan dalem arta samina,kawula simpen, kawula bundheli ing kacu.21Awit kula ajrih dhumateng panjenengandalem. Amargi panjenengan dalem punikakereng, karsa mundhut ingkang sanes

Page 348: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 19.22–28 116

panjenengan dalem lampahaken, punapadene ngundhuh ingkang sanes sebaran dalem.22Pangandikane marang wong mau: Heh, abdikang ala, sira bakal sunadili manut ujariradhewe. Sira wus mangreti, manawa ingsuniki wong kang kereng, kang mundhut kangora sunlakokake, sarta ngundhuh kang dudusebaraningsun. 23Yen mangkono, yagenedhuwitingsun ora sira pasrahake marangwong kang nglakokake dhuwit, supayasarawuhingsun kenaa sunpundhut dalahsaanakane. 24Banjur ngandika marang wong-wong kang ana ing kono: Jupuken dhuwitsamina iku, wenehna marang kang nggawasapuluh mina. 25Unjuke wong-wong mau:Gusti, piyambakipun sampun mbekta sadasamina. 26Paring wangsulane: Ingsun pituturmarang sira, saben wong kang duwe, ikubakal kaparingan, nanging kang ora duwe, ikubakal kapundhutan, iya dalah kang kaduwe.27Nanging kabeh satruningsun iki, kang padhaora seneng manawa ingsun jumeneng dadiratune, iku padha sira ladekna mrene, padhapatenana ana ing ngarsaningsun.”

Gusti Yesus diarak lumebeting kutha Yerusalem

19:28-44Mt 21:1-9 Mk 11:1-10 Yo 12:12-15

28Sawise ngandika mangkono, Gusti Yesusbanjur tindak ngrumiyini wong-wong mau,menyang ing kutha Yerusalem.

Page 349: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 19.29–38 11729Bareng wis cedhak desa Betfage lan

Betania kang dumunung ing gunung kangaran gunung Zaitun, Gusti Yesus nuli ngutussakabate loro 30kalawan kaparingan piwelingmangkene: “Padha menyanga ing desa ingngarep kae. Salebumu ing kono, kowe bakalmrangguli belo kuldi cancangan, kang durungtau ditunggangi ing wong. Iku uculana langawanen mrene. 31Lan manawa ana wongkang takon marang kowe: Punapa kokpanjenengane uculi, wangsulana mangkene:Gusti ingkang mbetahaken.” 32Kang kautusbanjur padha mangkat lan tinemune kayasapangandikane Gusti Yesus mau. 33Nalikalagi padha nguculi kuldi mau, wong kangduwe kuldi padha ngaruh-aruhi: “Sababpunapa kuldinipun kok panjenengan uculi?”34Wangsulane utusan: “Gusti ingkangmbetahaken.” 35Kuldine tumuli dituntunmenyang ing ngarsane Gusti Yesus, banjurdilarabi jubahe, Gusti Yesus nuli dilawanianggone nitih belo iku. 36Sasuwene tindak,para sakabate padha njereng jubahe ana ingdalan kang dilangkungi. 37Bareng cedhakkaro kutha Yerusalem, ana ing dalan kangmudhun saka ing gunung Zaitun, kabehpara siswa kang ndherekake tindake padhawiwit giyak-giyak lan memuji marang GustiAllah kanthi swara sora marga saka ananemukjijat-mukjijat, kang wis padha dideleng.38Mangkene pangucape:“Binerkahana Sang Prabu ingkang rawuh atas

asmaning Pangeran, tentrem rahayu

Page 350: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 19.39–46 118

wonten ing swarga, saha kamulyanwonten ing luhuring ngaluhur!”

39Ana wong Farisi sawatara kang aworkaro wong akeh, iku matur marang GustiYesus: “Guru, para siswa Panjenengan punikakula aturi ndukani.” 40Paring wangsulane:“Aku pitutur ing kowe: Manawa wong ikupadha meneng, watu-watu iki bakal padhanguwuh-uwuh.”41Bareng tindake wis saya cedhak lan mirsa

kutha iku banjur dimuwuni, 42pangandikane:“Adhuh, iba becike manawa ing dina iki ugakowe nyumurupi apa kang prelu kanggotentrem rahayumu! Nanging ing saikine babiku sinamar tumrap mripatmu. 43Sababbakal tumeka wektune, mungsuhmu padhamakuwon ing saubengmu, sarta ngepung lanngrampid kowe saka ing ngendi-endi. 44Kowebakal kagempur nganti wrata karo lemahbareng karo anak-anakmu, sarta mungsuhmuora bakal nglestarekake watu kang sijitumumpang ing watu liyane ing tembokmu,awit kowe ora nyumurupi wayahe anggoneGusti Allah nuweni kowe.”

Gusti Yesus nucekake Padaleman Suci

19:45-48Mt 21:12-13 Mk 11:15-18 Yo 2:13-16

45Gusti Yesus banjur lumebet ing PadalemanSuci, wong kang padha dedagangan anaing kono padha ditundhungi kabeh, 46padhadipangandikani mangkene: “Ana tulisan:

Page 351: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 19.47–20.6 119

PadalemaningSun iku dalem pamujan, kokkokdadekake susuh begal.”47Saben dina Panjenengane memulang

ana ing Padaleman Suci. Para pangarepingimam lan para ahli Toret apadene parapanggedhening bangsa Israel padha ngudinyirnakake Panjenengane, 48nanging padhaora ngreti patrape kapriye, amarga kabehwong padha tansah ngraketi Panjenenganesarta padha kapengin ngrungokake piwulange.

Pitakonan bab panguwasane Gusti Yesus

20:1-8Mt 21:23-27 Mk 11:27-33

201 Ing sawijining dina nalika Gusti Yesuspinuju memulang marang wong akeh

ana ing Padaleman Suci sarta martakakeInjil, para pangareping imam, para ahli Toretlan para pinituwa padha sowan ing ngarsane2 tuwin munjuk marang Gusti Yesus: “Kulasami kapangandikanana, menggah anggenPanjenengan nindakaken samukawis sadayapunika kanthi panguwaos ingkang pundi, sahasinten ingkang maringi panguwaos punikadhateng Panjenengan?” 3Paring wangsulaneGusti Yesus: “Aku iya arep takon saprakaramarang kowe. Aku kandhanana: 4PambaptiseNabi Yokanan iku saka swarga apa sakamanungsa?” 5Wong-wong mau banjur padharembugan, ujare: “Manawa aku padha kandha:Saka ing swarga, Dheweke mesthi calathu:Yagene kowe padha ora nganggep? 6Nanging

Page 352: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 20.7–12 120

yen aku padha kandha: Saka manungsa,wong-wong mesthi bakal padha mbenturiwatu marang kita, amarga padha yakin, yenYokanan iku nabi.” 7Nuli padha matur, yenpadha ora ngreti saka ngendi baptisane iku.8Gusti Yesus banjur ngandika: “Yen mangkonoAku iya ora gelem kandha marang kowe,kalawan panguwasa sing endi anggonKunglakoni samubarang kabeh iku.”

Pasemon bab wong tani kang padhanggarap pakebonan anggur

20:9-19Mt 21:33-46 Mk 12:1-12

9Gusti Yesus banjur paring pasemonmangkene marang wong akeh: “Ana wonggawe pakebonan anggur, nuli disewakakemarang wong-wong tani, banjur lelunganmenyang ing tanah ngamanca ngantisawatara lawase. 10Bareng wis tumeka ingmangsane, tumuli kongkonan batur siji nemoniwong-wong mau, padha dikon ngladekakepandumaning pametune pakebonan. Nangingbatur iku banjur digebugi dening wong-wongtani mau, lan dikon bali nglenthung.11Sawise mangkono dheweke kongkonanbatur liyane, nanging iku iya digebugi landiwirang-wirangake dening para wong tanimau lan dikon bali nglenthung. 12Sabanjurenuli kongkonan maneh kang kaping telune,nanging iku iya ditatoni dening wong-wongmau sarta tumuli diuncalake menyang ing

Page 353: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 20.13–19 121

sajabaning kebon. 13Kang duwe pakebonanbanjur calathu mangkene: Apa saiki sing kududaktindakake? Dakkongkonan anakku kangkekasih, mesthi bakal dieringi. 14Nangingbareng wong-wong tani iku weruh anake mau,banjur padha rembugan: Iku ahli-warise, ayodipateni bae, supaya warisane dadi duwekkukabeh. 15Anake mau banjur diuncalakemenyang ing sajabaning pakebonan anggursarta banjur dipateni. Saiki apa kang bakaldilakoni dening kang duwe pakebonan angguriku tumrap wong-wong mau? 16Dhewekebakal teka lan nyirnakake wong-wong tanimau sarta kebone anggur banjur disewakakemarang wong-wong liyane.” Krungu kangmangkono iku wong-wong mau banjurkandha: “Aja pisan-pisan nganti kalakoniku!” 17Nanging Gusti Yesus tumuli mandengmarang wong-wong iku lan ngandika:“Manawa mangkono apa tegese nas iki:Watu kang tinampik dening para juru gawe

omah,iya iku kang wis dadi watu ing pojok.

18Sing sapa tiba ing watu iku, bakal ajurmumur, lan sing sapa ketiban, bakal remuk.”19Para ahli Toret lan para pangareping imam

banjur padha ngudi nyepeng Panjenenganenalika iku uga, amarga padha ngreti, yendheweke kabeh kang dikarsakake ana ingpasemon iku, nanging padha wedi marangwong akeh.

Page 354: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 20.20–26 122

Bab ngaturake pajeg marangSang Nata Agung

20:20-26Mt 22:15-22 Mk 12:13-17

20Marga saka iku padha tansah mindengmarang Gusti Yesus. Banjur nglakokaketelik kang sangadi mursid, supaya padhanyengkolong Panjenengane sarana pitakonantemah bisa ngladekake Panjenengane marangwewenang lan panguwasane wali-nagara.21Wong-wong mau padha ngaturake pitakonanmarang Panjenengane mangkene: “Guru, kulasami mangretos, bilih sadaya pangandikatuwin piwulang Panjenengan punika leres sartabilih Panjenengan boten pados pangalembana,nanging kalayan temen-temen mulangakenmargining Allah. 22Kula sami ngaturaken paosdhateng Sang Nata Agung punika kengingpunapa boten?” 23Nanging Gusti Yesus orakakilapan marang kaculikane wong-wong mau,mulane banjur ngandika: 24 “Aku tuduhanadhuwit dinar. Iki gambare sapa lan iki tulisanesapa?” Atur wangsulane kang kadangu:“Gambaripun lan seratanipun Sang NataAgung.” 25Gusti Yesus nuli ngandika: “Yenmangkono, Sang Nata Agung caosana kangwajib kokcaosake marang Sang Nata Agung,lan marang Gusti Allah kang wajib kacaosakemarang Gusti Allah.” 26Dadine Gusti Yesusora kena dicengkolong ana ing ngarepe wongakeh. Wong-wong mau padha kaeraman

Page 355: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 20.27–34 123

krungu paring wangsulane iku lan banjurpadha meneng.

Pitakone wong Sadukibab tangine wong mati

20:27-40Mt 22:23-33 Mk 12:18-27

27Nuli ana wong Saduki sawatara, yaikukang ora ngakoni anane patangen, padhasowan ing ngarsane Gusti Yesus lan maturpitakon marang Panjenengane: 28 “Guru, NabiMusa paring dhawuh dhateng kula sadayamakaten: Manawa ana wong kang duwesadulur lanang, tinggal donya, mangka bojoneisih urip, nanging ora tinggal anak, saduluremau wajib ngrabeni bojone iku, supaya bisanukulake turun kanggo sing tinggal donyamau. 29Kalampahan wonten sadherek jalerpitu, ingkang angka satunggal emah-emah,wusana lajeng tilar donya boten tilar anak.30Tiyang estri wau lajeng kaningkah deningingkang angka kalih, 31 lajeng kaningkahdening ingkang angka tiga, tuwin makatensalajengipun, urut-urutan karabi deningsadherek pitu wau, nanging sadaya samingajal boten tilar anak. 32Wekasanipun tiyangestri punika inggih tilar donya. 33Lah sapunikakadospundi tiyang estri punika, benjingdinten patangen, lajeng sinten ingkang dadossemahipun, amargi pitu-pitunipun sami natedados semahipun?” 34Gusti Yesus nuli paringwangsulan, pangandikane: “Wong-wong ing

Page 356: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 20.35–42 124

donya iki, padha omah-omah lan diomah-omahake, 35nanging wong-wong kang padhakaanggep pantes tampa panduman ana ingjagad liyane iku, lan ana ing patangen saka ingantarane wong mati, iku bakal ora omah-omahlan ora diomah-omahake. 36Sabab padhaora bisa mati maneh; kaanane kaya paramalaekat sarta padha dadi putraning Allah,awit wis padha katangekake. 37Anadenemungguh tangine wong mati iku, Nabi Musaiya wis mratelakake ana ing sajroning caritabab grumbul eri, anggone nyebut Pangeran:Allahe Abraham, Allahe Iskak, tuwin AllaheYakub. 38Panjenengane iku dudu Allahe wongmati, nanging Allahe wong urip, awit kang anaing ngarsane kabeh iku wong urip.” 39Krungupangandika kang mangkono iku banjur anaahli Toret sawatara matur: “Guru, paringwangsulan Panjenengan punika kasinggihansanget.” 40Awit wong-wong mau wis padha orawani matur pitakon apa-apa maneh marangGusti Yesus.

Gegayutane Gusti Yesuskaro Sang Prabu Dawud

20:41-44Mt 22:41-46 Mk 12:35-37

41Gusti Yesus banjur ndangu marangwong-wong mau: “Kapriye dene wong kokbisa ngarani Sang Kristus iku tedhake SangPrabu Dawud, 42mangka Sang Prabu Dawud

Page 357: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 20.43–47 125

piyambak ana ing Kitab Masmur ngandikamangkene:Dhawuhe Pangeran marang Gustiku:Sira lenggaha ana ing tengeningSun,43nganti tumeka mungsuhira wis padha

Ingsun dadekake ancik-ancikingtalapakanira.

44Dadi Sang Prabu Dawud nyebutPanjenengane Gusti, kapriye dene uga daditedhake?”

Gusti Yesus paring pitedah, supayapadha ngawekani para ahli toret

20:45-47Mt 23:5-7 Mk 12:38-40

45Nalika wong kabeh padha ngrungokake,Gusti Yesus banjur ngandika marang parasakabate: 46 “Padha ngawekanana para ahliToret, kang padha seneng mlaku-mlakunganggo jubah landhung lan seneng tampapakurmatan ana ing pasar sarta senenglinggih ing ngarep dhewe ana ing papanpangibadah lan ing papan kang ingajenanana ing pahargyan, 47kang padha manganomahe randha-randha nganti entek, sartakang nasarake wong kalawan donga kangdawa-dawa. Wong iku mesthi bakal tampapaukuman kang luwih abot.”

Page 358: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 21.1–6 126

Pisungsunge randha miskin

21:1-4Mk 12:41-44

211Bareng Gusti Yesus tumenga, mirsawong-wong sugih padha nglebokake

pisungsunge ana ing pethi pisungsung.2Tumuli iya mirsani randha miskin kangnglebokake pisungsung rong igar. 3Banjurngandika: “Aku pitutur marang kowe:Satemene kang dipisungsungake randhamiskin iku luwih akeh katimbang wong kabehiku. 4Amarga wong-wong kabeh iku ngaturakepisungsung saka kasugihane, nanging randhaiki ngaturake saka ing kamiskinane, malahnyaosake sakabehing darbeke kang kanggourip.”

Padaleman Suci bakal gempur

21:5-6Mt 24:1-2 Mk 13:1-2

5Bareng ana wong sawatara kang padharembugan bab Padaleman Suci lan padhangalem dene nganggo rinengga ing watu-watukang endah sarta pisungsung warna-warna,Gusti Yesus banjur ngandika: 6 “Apa kangpadha kokdeleng iku bakal tumeka ing wektuora ana watu siji bae kang lestari tumumpanging watu liyane; kabeh bakal padha digempur.”

Page 359: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 21.7–12 127

Wiwitaning sangsara

21:7-19Mt 24:3-14 Mk 13:3-13

7Wong-wong mau banjur padhamatur pitakon: “Guru, benjing punapakalampahanipun punika? Saha punapangalamatipun manawi punika badhekalampahan?” 8Paring wangsulane: “Singpadha waspada, supaya kowe aja ngantidisasarake. Amarga bakal ana wong akeh kangpadha teka nganggo jenengKu lan calathu: Iyaaku iki Panjenengane lan iki wus ndungkapwektune. Kowe aja ngetut-buri wong-wongiku. 9Sarta manawa kowe krungu pawartabab peperangan lan kraman, aja padha kaget.Awit iku kabeh mesthi kudu kalakon dhisik,ewadene iku durung ateges, yen bakal enggaltumeka ing wekasaning jaman.”10Panjenengane banjur ngandika marang

wong-wong mau: “Bakal ana bangsa kangnglawan padha bangsa, karajan nglawanpadha karajan, 11 lan bakal ana lindhu kangnggegirisi sarta ing kana kene bakal anapageblug pes lan pailan, apadene bakalkalakon uga ana bab-bab kang ngagetaketuwin ilapat-ilapat kang nggegirisi saka inglangit. 12Nanging sadurunge iku kabeh, kowebakal padha dicekel lan dikaniaya; kowebakal dipasrahake menyang ing papan-papanpangibadah lan ing pakunjaran-pakunjaransarta bakal padha diirid marang ing ngarsane

Page 360: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 21.13–22 128

para ratu lan para panguwasa marga sakajenengKu. 13 Iku bakal dadi jalarane kowekabeh bakal padha nglairake paseksen.14Mulane sing padha mantep bae, ajangrancang-ngrancang dhisik bab kapriyeanggonmu bakal mangsuli. 15Sabab Akudhewe kang bakal maringi marang kowetembung-tembung lan kawicaksanan, satemahkowe ora bisa dilawan utawa dibantahdening mungsuh-mungsuhmu. 16Apamanehkowe bakal iya padha diulungake deningwong tuwamu, sadulur-sadulurmu, kadang-kadeyanmu lan pawong mitramu sarta anapanunggalanmu sawatara kang bakal dipateni,17apadene kowe bakal padha disengiti deningwong kabeh marga saka jenengKu. 18Nangingora ana rambutmu saeler bae kang bakalilang. 19Manawa kowe padha tetep mantep,kowe bakal padha nampani uripmu.”

Bab gempure kutha Yerusalem

21:20-24Mt 24:15-21 Mk 13:14-19

20 “Manawa kowe nyumurupi kutha Yerusalemkakepung ing wadyabala, mangretia, yengempure wis cedhak. 21 Ing nalika ikuwong-wong kang ana ing tanah Yudea padhangungsia menyang ing pagunungan, lanwong-wong kang ana ing jero kutha padhasumingkira, sarta wong-wong kang anaing padesan aja lumebu ing kutha maneh,22amarga yaiku mangsa tekane piwales, kang

Page 361: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 21.23–28 129

dadi kayektene sabarang kang wis katulisankabeh. 23Nanging mesakake banget parawong kang lagi ngandheg, utawa kang laginusoni bayi ing wektu iku! Amarga bakal anakasangsaran gedhe ing saindenging nagara lanbangsa iki bakal tampa deduka. 24Wong-wongmau bakal padha tiwas kena landhepingpedhang sarta bakal padha kabandhang daditawananing bangsa-bangsa kabeh, sarta kuthaYerusalem bakal kaicak-icak dening bangsakang ora wanuh marang Gusti Allah, ngantitumeka sarampunge jamane bangsa-bangsaiku.”

Rawuhe Putraning Manungsa

Pasemon bab wit anjir

21:25-33Mt 24:29-35 Mk 13:24-31

25 “Apadene bakal ana ilapat-ilapat ingsrengenge, ing rembulan lan ing lintang-lintang, sarta ing bumi para bangsa bakalpadha wedi lan bingung marga sakagumlegering sagara lan alun. 26Wong-wongbakal padha semaput dening giris amargakuwatir marang apa kang bakal nekanijagad; amarga kabeh panguwasaning langitbakal gonjing. 27 Ing nalika iku wong bakalpadha nyumurupi Putraning Manungsarawuh nitih mega, ngagem panguwasa lankamulyan gedhe. 28Anadene manawa ikukabeh wiwit kalakon, padha njenggeleka lan

Page 362: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 21.29–37 130

tumengaa, amarga wis cedhak anggonmubakal kaluwaran.” 29Gusti Yesus banjur paringpasemon mangkene: “Padha mawanga witanjir lan wit apa bae. 30Manawa kowe padhanyumurupi yen wis padha semi, kowe padhangreti dhewe, yen wis ngarepake mangsapanas. 31Mangkono uga manawa kowe padhanyumurupi lelakon mau, padha mangretia yenKratoning Allah wis cedhak. 32Aku pituturmarang kowe: Satemene jinis iki bakal orasirna sadurunge iku mau kalakon kabeh.33Langit lan bumi bakal padha sirna, nangingtembungKu ora bakal sirna babar pisan.”

Piwulang bab jumaga

21:34-3834 “Padha jaganen awakmu dhewe, atimu

aja nganti kabotan dening pista gedhen lanmendem, tuwin dening kasusahaning ngauripsarta supaya Dinaning Pangeran mau ajanganti tumempuh marang kowe kalawandadakan kayadene kalajiret. 35Amarga ikubakal nungkebi marang sakabehing wongkang dumunung ing bumi iki. 36Padhatansah jumagaa lan ndedongaa, supaya kowediparingana kakuwatan kang njalari kowepadha ora bakal katempuh dening apa kangbakal kalakon iku lan supaya kowe padha bisatahan anggonmu ana ing ngarsane PutraningManungsa.”37Kacarita Gusti Yesus yen awan memulang

ana ing Padaleman Suci, dene yen bengi miyos

Page 363: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 21.38–22.6 131

lan lereb ana ing gunung kang aran gunungZaitun. 38Lan esuke wong-wong kabeh padhasowan ing ngarsane ana ing Padaleman Suci,ngrungokake pangandikane.

Rancangan nyedani Gusti Yesus

22:1-2Mt 26:1-5 Mk 14:1-2 Yo 11:45-53

221Nalika samana wis ngarepake riyayaRoti Tanpa Ragi, kang aran Paskah.

2Para pangareping imam lan para ahli Toretpadha golek dalan, anggone bisa nyedaniPanjenengane, amarga padha wedi karo wongakeh.

Yudas kasurupan iblis banjursaguh ngulungake Gusti Yesus

22:3-6Mt 26:14-16 Mk 14:10-11

3Yudas, kang peparab Iskariot, panunggalanesakabat rolas tumuli kasurupan dening iblis,4banjur lunga marani para pangareping imamlan para lelurahing jaga-baya PadalemanSuci, prelu rembugan bab anggone bakalngulungake Gusti Yesus. 5 Iku padha bungahlan sarujuk bakal padha aweh opah. 6Yudasnyaguhi sarta wiwit nalika iku tansah golekdalan bisane ngulungake Gusti Yesus, oranganti kasumurupan ing wong akeh.

Page 364: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 22.7–13 132

Pacawisan Paskah

22:7-13Mt 26:17-19 Mk 14:12-16

7Bareng dina riyaya Roti Tanpa Ragi, yaitudina anggone wong-wong padha nyembelehcempening Paskah, 8Gusti Yesus banjurngutus Petrus lan Yokanan, dhawuhe: “Kowepadha lungaa, nyawisna Paskah kang bakalpadha dakpangan.” 9Unjuke wong loromau: “Karsa Paduka anggen kawula saminyawisaken wonten ing pundi?” 10Paringwangsulane Gusti Yesus: “Manawa kowe padhalumebu ing kutha, kowe bakal kepethuk wongkang nggawa kendhi isi banyu, iku banjuretutna tekan ing omah kang dileboni 11 lanmatura marang kang duwe omah iku: SangGuru ndangu dhateng panjenengan: Endikamare, sing kena Dakanggo mangan Paskahbebarengan karo para sakabatKu? 12Wong ikubanjur nuduhake marang kowe kamar gedheing dhuwur kang wis katata miranti. Kowepadha nganakna pacawisan ana ing kono.”13Karone banjur padha mangkat, tinemuneiya trep kaya kang kapangandikakake deningGusti Yesus. Nuli padha nyawisake Paskah.

Page 365: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 22.14–22 133

Gusti mranata Bujana Suci

22:14-23Mt 26:20-29 Mk 14:17-25 Yo 13:21-30 1Kr 11:23-2514Bareng wis tumeka ing wayahe, Gusti

Yesus banjur lenggah dhahar bebarengan karopara rasule. 15Tumuli padha dipangandikani:“Aku wis kapengin banget mangan Paskahiki bebarengan karo kowe kabeh, sadurungeAku nandhang sangsara. 16Awit Aku pituturmarang kowe: Aku ora bakal mangan ikumaneh, nganti tumekane iku wis kayektenanana ing Kratoning Allah.” 17Sawise mangkonoPanjenengane banjur mundhut tuwung,saos sokur nuli ngandika: “Iki tampananalan edumen kang warata, 18 sabab Akupitutur marang kowe: wiwit saiki iki Akuora bakal ngombe pametuning wit anggurmaneh, nganti tumeka sawise Kratoning Allahrawuh.” 19Tumuli mundhut roti, saos sokur,banjur nyuwil-nyuwil roti mau kaparingakemarang para sakabat kalawan ngandika:“Iki badanKu kang kaparingake marga sakakowe. Iki tindakna minangka pangeling-elingmarang Aku.” 20Mangkono uga tuwungesawise dhaharan, pangandikane: “Tuwung ikiprajanjian anyar kang sarana getihKu, kangkawutahake marga saka kowe!21Nanging, lah tangane wong kang

ngulungake Aku, nunggal karo Aku ana ingmeja kene. 22Sabab Putraning Manungsapancen bakal jengkar miturut ing pepesthen,

Page 366: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 22.23–30 134

nanging bilai wong kang dadi marganeanggone kaulungake.” 23Banjur padha wiwittakon-tinakon, panunggalane iku sapa bayakang bakal tumindak mangkono.

Kang cilik dhewe bakal dadi pangarep

22:24-30Mt 26:31-35 Mk 14:27-31 Yo 13:36-38

24Kacarita para sakabat iya padha diya-diniyabab panunggalane sapa kang bakal dianggepdhuwur dhewe. 25Gusti Yesus banjur ngandikamarang wong-wong mau: “Ratu-ratunepara bangsa iku mrentah marang kawulanelan kang padha nguwasani iku diaranipangayoman. 26Nanging kowe kabeh iku oramangkono, malah kang dhuwur dhewe ana ingantaramu iku dadia kaya kang anom dhewelan kang dadi panuntun dadia kang ngladeni.27Amarga sapa ta kang luwih dhuwur: kanglinggih mangan, apa kang ngladeni? Rak kanglinggih mangan? Ananging Aku iki ana ingtengah-tengahmu kayadene kang ngladeni.28Kowe kabeh iku kang tansah tetunggalankaro Aku sajrone Aku kena ing godha-rencana.29Sarta Aku wus nyawisake Kraton kanggokowe kabeh kayadene RamaKu wus nyawisakemarang Aku, 30 supaya kowe padha bisamangan lan ngombe tunggal sameja karoAku ana ing KratonKu. Apamaneh kowe bakalpadha linggih ing dhampar lan ngadili talereIsrael rolas.”

Page 367: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 22.31–37 135

Pamecane Gusti bab anggone Petrusbakal nyelaki Panjenengane

22:31-3431 “Simon, Simon, lah Iblis banget anggone

nginteri kowe kabeh, kaya gandum, 32nangingkowe wis dakdongakake, supaya pracayamuora ilang. Lan kowe, manawa wis mratobat,sadulur-sadulurmu padha santosakna.” 33Aturwangsulane Petrus: “Gusti, kawula cumadhangmbelani Paduka, sanadyan ngantosa dipunkunjara lan dumuginipun pejah pisan.”34Nanging Gusti Yesus ngandika: “Aku pituturmarang kowe, Petrus: ing dina iki bakal oraana jago kluruk, sadurunge kowe nyelaki Akunganti ping telu.”

Bab kanthong lan pedhang

22:35-3835Gusti Yesus banjur ngandika maneh:

“Nalika kowe padha dakutus kae, ora nggawarajut, kanthong utawa trumpah, apa kowe taupadha kekurangan apa-apa?” 36Ature parasakabat: “Boten babar pisan.” PangandikaneGusti Yesus: “Nanging saiki iki, sing sapaduwe rajut, kagawaa, mangkono uga kangduwe kanthong; lan kang ora duwe pedhang,ngedola jubahe kanggo tuku. 37Amarga Akupitutur marang kowe, nas ing Kitab Suci iki iyakudu kayektenan tumraping Aku:

Page 368: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 22.38–46 136

Panjenengane bakal kaetang kagolongakepara durjana.

Amarga apa kang katulis tumrap ing Akuiku lagi kalakon.” 38Unjuke para sakabat:“Gusti, punika wonten pedhang kalih.” Paringwangsulane Gusti Yesus: “Wis cukup.”

Ana ing taman Getsemane

22:39-46Mt 26:36-46 Mk 14:32-42

39Gusti Yesus banjur miyos tedhak menyanging gunung Zaitun kaya adate, kadherekakedening para sakabate uga. 40Sarawuhe ingkono, para sakabate padha dipangandikani:“Padha nyenyuwuna, supaya aja nganti klebuing panggodha.” 41Panjenengane banjur misahdohe kira-kira sapambalang, nuli jengkengndedonga, ature: 42 “Dhuh Rama, manawiPaduka marengaken, mugi tuwung punikakapundhuta saking Kawula. Nanging sampunpikajeng Kawula, namung karsa Padukaingkang kalampahana.” 43Banjur dikatingalimalaekat saka ing langit kang nyantosakakePanjenengane. 44Panjenengane giris bangetlan saya ngepeng anggone ndedonga. Riwenenganti kaya tetesing getih kang padha tumibaing lemah. 45Banjur jumeneng saka anggonendedonga lan tindak murugi para sakabate,ketemu padha turu, marga saka susahe.46Nuli padha dipangandikani: “Yagene kowepadha turu? Tangia lan ndedongaa, supaya ajapadha klebu ing panggodha.”

Page 369: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 22.47–53 137

Gusti Yesus kacepeng

22:47-53Mt 26:47-56 Mk 14:43-50 Yo 18:1-11

47Sajrone isih ngandika, ana wongsagrombolan teka, kairid dening sawijiningpanunggalane sakabat rolas kang jenengeYudas, iku banjur mrepeki Gusti Yesus arepnucup. 48Gusti Yesus banjur ngandika marangdheweke: “Heh, Yudas, anggonmu ngulungakePutraning Manungsa apa sarana nucup?”49Kang padha ndherek Gusti Yesus, barengngreti apa kang bakal kalakon banjur padhamunjuk: “Gusti, punapa kepareng kawulapedhang?” 50Sawijining panunggalane tumulimedhang abdine Imam Agung, kupinge tengenkaperung. 51Nanging Gusti Yesus ngandika:“Wis ta, samono bae! Kupinge banjur kaastakawarasake.52Gusti Yesus tumuli ngandika marang

para pangareping imam lan para lelurahingjaga-baya Padaleman Suci sarta parapinituwa kang padha teka sumedya nyekelPanjenengane: “Apa Aku iki kokanggep begal,dene anggonmu padha teka sikep gegamanpedhang lan penthung? 53Mangka saben dinaAku ana ing tengahmu, ana ing PadalemanSuci, kowe ora padha nyekel Aku. Nanging ikiwektumu, lan iya iki panguwasane pepetengiku.”

Page 370: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 22.54–61 138

Petrus nyelaki Gusti Yesus

22:54-62Mt 26:57-58, 69-75 Mk

14:53-54, 66-72 Yo 18:12-18, 25-2754Gusti Yesus banjur dicepeng lan digawa

lunga saka ing panggonan kono, diiridmenyang ing daleming Imam Agung.Anadene Petrus ngetutake saka ing kadohan.55Wong-wong padha gawe bedhiyang anaing satengahing plataran lan banjur padhalinggih ngubengi bedhiyang iku. Petrus iyamelu linggih ing kono. 56Nuli ana parekanweruh Petrus linggih ing ngarepe bedhiyang,banjur ditamatake, tumuli alok: “Wong ikuiya tetunggalan karo Dheweke.” 57NangingPetrus selak, pangucape: “Boten, kula botenwanuh kalih wong niku!” 58Ora let suwe anawong liyane kang weruh dheweke lan banjurcalathu: “Samang niku enggih tunggale.”Nanging wangsulane Petrus: “Dede, kuladede.” 59Lan kira-kira let sajam ana wongliyane maneh kang calathu tanpa ringa-ringa:“Tenan, wong iki iya tunggale Dheweke,sabab iki iya wong Galilea.” 60Nanging Petrusmangsuli, pangucape: “Dede, kula botenngreti sing mang kandhakke niku.” Sanalikaiku uga, bareng Petrus wis kandha mangkonoiku, ana jago kluruk. 61Gusti Yesus banjurminger mirsani Petrus. Petrus nuli kelingan,yen Gusti wis ngandika marang dheweke:“Sadurunge jago kluruk ing dina iki, kowe wis

Page 371: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 22.62–71 139

nyelaki Aku kaping telu.” 62Petrus nuli metulan nangis kelara-lara.

Gusti Yesus kaladosake marangngarsane Pradata Agama

22:63-71Mt 26:63-68 Mk 14:60-65 Yo 18:19-24

63Anadene Gusti Yesus dipoyoki deningwong-wong, kang padha nahan Panjenengane,sarta digebugi. 64Pasuryane ditutupi deningwong-wong lan disuwuni pirsa: “Coba,bedheken sapa kang nggebugi Kowe iku?”65Aliya iku isih akeh maneh panguman-umanemarang Panjenengane.66Bareng esuke para pinituwaning bangsa

Yahudi, para pangareping imam lan para ahliToret padha nganakake parepatan, GustiYesus banjur diladekake marang ngarsanepradataning agamane. 67Nuli didangu:“Manawa Kowe iki Sang Kristus, kandhaamarang aku kabeh.” Paring wangsulane GustiYesus: “Sanadyan Aku kandhaa marang kowekabeh, kowe bakal padha ora ngandel; 68 lansanadyan Aku takona apa-apa, kowe kabehbakal ora mangsuli. 69Wiwit saiki PutraningManungsa wis lenggah ana ing satengeningAllah Kang Mahakuwasa.” 70Wong-wong maubanjur padha calathu: “Yen mangkono, Koweiku Putraning Allah?” Paring wangsulane GustiYesus: “Kowe dhewe padha kandha, yen Akuiki Putraning Allah.” 71Banjur padha calathu:“Apa prelune kita isih padha golek paseksi

Page 372: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 23.1–7 140

maneh. Kita wis padha krungu dhewe sakapangucape.”

Gusti Yesus ana ing ngarsane Sang Pilatus

23:1-7Mt 27:1-2, 11-14 Mk 15:1-5 Yo 18:28-38

231 Ing kono kabeh warga pradata banjurpadha ngadeg, Gusti Yesus diladekake

marang ngarsane Sang Pilatus. 2Nuli wiwitpadha nggugat, ature: “Kula sadaya sampunsami nyumerepi, bilih Tiyang punika nasarakenbangsa kula, sami dipun penging ngaturakenpaos dhateng Sang Nata Agung, saha ngaken,bilih Piyambakipun punika Sang Ratu.” 3SangPilatus banjur ndangu marang Gusti Yesus:“Punapa Panjenengan punika Ratunipun tiyangYahudi?” Paring wangsulane Gusti Yesus:“Panjenengan piyambak sampun mastani.”4Sang Pilatus nuli ngandika marang parapangareping imam lan marang wong akehiku: “Tumraping aku wong iki ora tinemukaluputane.” 5Nanging wong-wong mausaya banget panggugate, ature: “Tiyangpunika damel balelanipun rakyat kalayanpiwulangipun wonten ing tanah Yudea sadaya,kawiwitan wonten ing tanah Galilea, lansapunika sampun dumugi ing ngriki.” 6Barengmidhanget atur mangkono iku Sang Pilatusbanjur ndangu, apa Wong iku wong Galilea.7Bareng mirsa yen Gusti Yesus iku kalebetbawahe Sang Prabu Herodhes, nuli kaladosake

Page 373: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 23.8–13 141

marang ngarsane Sang Prabu Herodhes, kanging wektu iku pinuju ana ing kutha Yerusalem.

Gusti Yesus ana ing ngarsaneSang Prabu Herodhes

23:8-128Bareng Sang Prabu Herodhes mirsa

Gusti Yesus, banget renane, amarga wissuwe anggone kapengin mirsa, awit wiskerep mireng bab Panjenengane, apadenengajeng-ajeng nguningani anggone nganakakepratandha. 9Akeh kang didangokake marangGusti Yesus, nanging Panjenengane oraparing wangsulan sathithik-thithika. 10Nalikasamana para pangareping imam lan para ahliToret padha maju lan ngaturake panggugat-panggugat kang abot. 11Sang Prabu Herodhesdalah para prajurite banjur padha nglelingsemlan moyoki Panjenengane, tumuli diagemijubah kang endah banget sarta banjurdiwangsulake marang ngarsane Sang Pilatus.12 Ing dina iku uga Sang Prabu Herodhes karoSang Pilatus banjur padha memitran, awitmaune padha sesatron.

Gusti Yesus ana ing ngarsaneSang Pilatus maneh

23:13-25Mt 27:15-26 Mk 15:6-15 Yo 18:38--19:16

13Sang Pilatus banjur nimbali parapangareping imam lan para panggedhe sarta

Page 374: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 23.14–24 142

wong akeh, padha kadhawuhan nglumpuk,14nuli padha dipangandikani mangkene:“Kowe padha ngladekake Wong iki marang akukokdakwa gawe balelaning rakyat. Kowe padhasumurup dhewe, yen wis dakpriksa, nangingmungguh ing aku bab kang kokgugatakekabeh tumrap Wong iku ora tinemu ana ingDheweke. 15Dalasan Sang Nata Herodhes iyaora, sabab Wong iku banjur dibalekake mrene.Satemene apa kang ditindakake iku ora anakang katrap ing paukuman pati. 16Mulanemung bakal dakajar, banjur dakluwari.”17 (Sabab Panjenengane ing dina riyaya ikuwajib ngluwari wong siji kanggo wong-wongmau.) 18Nanging wong kabeh mau tumulipadha nguwuh-uwuh bebarengan: “KasirnaknaTiyang punika! Barabas kaluwarana!”19Barabas iku kalebokake ing pakunjaranmarga kasangkut ing pambrontakan ingsajroning kutha lan gawe pepati. 20SangPilatus ngandikani maneh marang wong-wongmau, karsane ngluwari Gusti Yesus. 21Nangingwong-wongl padha mangsuli kanthi kerasuga panguwuhe: “Kasaliba, kasaliba!”22Pangandikane Sang Pilatus kang kapingtelune: “Nglakoni piala apa ta Wong ikisabenere? Aku ora bisa nemokake kaluputanekang kena ing paukuman pati. Dadi mungbakal dakajar banjur dakluwari.” 23nangingkalawan bengok-bengok wong-wong padhanyuwun kanthi adreng, supaya Panjenenganekasalib, lan wekasane wong-wong maumenang kalawan bengok-bengok iku. 24Sang

Page 375: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 23.25–31 143

Pilatus banjur ndhawuhake karampungan,panyuwune wong-wong mau dikabulake.25Sarta nuli ngluwari wong kang kalebokakeing pakunjarang marga kasangkut ingpambrontakan lan mateni wong, ngetrepipanyuwune wong-wong mau, dene Gusti Yesusnuli kapasrahake marang wong-wong mau ingsakarep-karpe.

Gusti Yesus kairid bakal kasalib

23:26-3226Nalika padha ngirid Gusti Yesus iku,

ana wong kang jenenge Simon, saka ingkutha Kirene, kang lagi teka bae saka ingjaban kutha, iku diandheg banjur dikonmanggul salibe lan mlaku ing wingkinge GustiYesus. 27Sarta ana wong akeh kang padhandherekake Panjenengane, akeh wong wadonpanunggalane iku kang padha ngadhuh-adhuhlan nangisi Panjenengane. 28Gusti Yesusnuli minger mirsani wong-wong mau lanngandika: “He anak-anake wadon Yerusalem,aja padha nangisi Aku, awakmu dhewe baelan anak-anakmu padha tangisana! 29Amargasumurupa, bakal tumeka ing wektune wongpadha duwe pangucap mangkene: Rahayuwong wadon kang gabug, lan weteng kangora tau nglairake anak, sarta susu kangora tau nusoni. 30Wong-wong banjur bakalpadha calathu marang gunung-gunung: Akujugrugana! Lan marang punthuk-punthuk: Akuurugana! 31Amarga manawa kaya mangkene

Page 376: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 23.32–39 144

iki panggawene wong marang kayu kang urip,saya maneh kang garing bakal dikapakake?”32Ana durjana loro kang uga padha kairid

kang bakal diukum pati bebarengan karoPanjenengane.

Gusti Yesus kasalib

23:33-43Mt 27:33-44 Mk 15:22-32; Yo 19:17-24

33Satekane ing panggonan kang aranPacumplungan, Gusti Yesus banjur disalibana ing kono, mangkono uga durjana loromau, kang siji ana ing tengen, sijine ana ingkiwane Gusti Yesus. 34Gusti Yesus tumulimunjuk: “Dhuh Rama, tiyang-tiyang punikamugi Paduka apunten, amargi sami botenmangretos punapa ingkang dipun tindakaken.”Pangagemane banjur kaedum-edum saranakaundhi. 35Wong akeh padha ngadegnonton. Para panggedhe padha nyenyampahiPanjenengane, pangucape: “Wong-wong liyapadha dipitulungi, cikben saiki mitulungiAwake dhewe, manawa pancen Sang Kristus,Pilihane Gusti Allah!” 36Mangkono uga paraprajurit iya padha memoyoki Panjenenganelan padha nyaosi anggur kecut 37karo ngucap:“Manawa Kowe ratune wong Yahudi, maratulungana Awakmu dhewe!” 38 Ing sadhuwuremustakane ana tulisan, kang unine mangkene:“Iki ratune wong Yahudi.”39Durjana kang padha digantung mau ana

siji kang ngala-ala marang Gusti Yesus,

Page 377: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 23.40–47 145

pangucape: “Apa Kowe dudu Sang Kristus?Mara, tulungana Awakmu dhewe lan akukabeh.” 40Nanging sing siji banjur nyaruwedheweke, ujare: “Apa kowe ora wedi, uga orawedi marang Gusti Allah, mangka kowe tampapaukuman padha? 41Aku lan kowe iku pancenwis sabenere diukum, padha tampa piwaleskang murwat karo panggawe kita, barengPanjenengane iki ora nindakake kaluputanapa-apa.” 42Banjur munjuk: “Dhuh GustiYesus, mugi Paduka karsaa ngengeti dhatengkawula, manawi Paduka rawuh ing KratonPaduka.” 43Paring wangsulane Gusti Yesus:“Aku pitutur marang kowe, satemene ing dinaiki uga kowe bakal bebarengan karo Aku anaing Pirdus.”

Sedane Gusti Yesus

23:44-49Mt 27:45-46 Mk 15:33-41 Yo 19:28-30

44Bareng watara jam rolas, banjur anapagowong kang nglimputi satanah kabeh,nganti jam telu 45amarga srengenge orasumorot. Kacarita gubahing Padaleman Sucisuwek ing tengah dadi loro. 46Gusti Yesusbanjur nguwuh kalawan swara sora: “DhuhRama, Kawula masrahaken nyawa Kawulawonten ing asta Paduka.” Sawise maturmangkono banjur masrahake nyawane.47Nalika panggedhening prajurit nyumurupilelakon iku, tumuli ngluhurake Gusti Allah,pangucape: “Nyata, yen Wong iki tanpa

Page 378: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 23.48–56 146

kaluputan.” 48Sakehe wong kang padhagegrombolan nonton, bareng wis nyumurupiapa kang kalakon mau, padha mulih kalawantebah-tebah dhadha. 49Sakabehe wong kangwis wanuh marang Gusti Yesus, kalebu ugapara wong wadon kang padha ndherekakePanjenengane saka ing tanah Galilea, padhangadeg ana ing kadohan, ndeleng lelakon ikukabeh.

Gusti Yesus kasarekake

23:50-56Mt 27:57-61 Mk 15:42-47 Yo 19:38-42

50Ana wong kang jenenge Yusuf, warganingPradata Agung, wong kang becik lan mursid.51 Iku ora melu nyarujuki putusan lantumindaking Pradata, asale saka ing Arimatea,sawijining kutha Yahudi, kang nganti-antimarang Kratoning Allah. 52 Iku seba ingngarsane Sang Pilatus, nyuwun layone GustiYesus. 53Sawise layon diandhapake, banjurdiulesi mori alus, sarta disarekake ing kuburkang tinatah ing pepunthuk parang, tuwinkang durung tau kanggo. 54Nalika samanapinuju dina pacawisan, ngarepake Sabat.55Apamaneh wong-wong wadon kang wis

ndherekake Gusti Yesus saka ing tanahGalilea, iku iya padha melu ngiringake sartamaspadakake pasarean mau lan patrapanggone nyarekake layone. 56Saulihe banjurpadha nyawisake anggi-anggi lan lenga jebad.

Page 379: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 24.1–9 147

Dene ing dina Sabat padha leren, netepi ingangger-angger.

Wungune Gusti Yesus

24:1-12Mt 28:1-10 Mk 16:1-8 Yo 20:1-10

241Ananging bareng dina kapisaning minggu iku, ing wayah esuk

umun-umun, wong-wong wadon maupadha menyang ing pasarean, karo nggawaanggi-anggi kang wis dicawisake. 2Watunetinemu wis kaglimpangake saka ing pasarean.3Bareng padha lumebu, layone Gusti Yesusora ketemu. 4Nalika lagi padha ngadegkalawan kuwur atine marga saka kaanan kangmangkono iku, dumadakan ana priya loropadha jumeneng ing cedhake, pangagemanemancorong. 5Wong-wong mau padha wedi lanpadha tumungkul. Nanging priya loro mau nulipadha ngandika mangkene: “Yagene, denekowe padha nggoleki Kang Gesang ana ingantarane wong mati? 6Panjenengane ora anaing kene, wis wungu. Elinga marang apa kangwus kapangandikakake marang kowe kabeh,nalika isih ana ing tanah Galilea, 7yaiku, yenPutraning Manungsa pinasthi kaulungakemarang tanganing wong-wong dosa lan banjurkasalib, sarta wungu ing telung dinane.”8Wong-wong wadon mau iya nuli kelinganmarang pangandikane Gusti Yesus iku. 9Lansabaline saka ing pasarean, banjur padhanyritakake iku kabeh marang sakabat sawelas

Page 380: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 24.10–18 148

lan marang sadulur liyane kabeh. 10Denewong-wong wadon mau yaiku Maryam sakaMagdala,lan Yohana sarta Maryam ibuneYakobus, tuwin wong-wong wadon liyanekang padha bebarengan uga nyritani marangpara rasul. 11Nanging tembung-tembungeiku dianggep ngayawara, padha ora ngandelmarang wong-wong wadon iku.12Ewasamono Petrus banjur ngadeg lan

mangkat rerikatan menyang ing pasarean.Bareng nginguk manjero, mung weruh ulesethok. Nuli lunga lan mikir-mikir, apa takira-kira sing mentas kalakon iku.

Gusti Yesus ngatingal marang wong lorokang padha menyang ing desa Emaus

24:13-3513 Ing dina iku uga ana wong loro,

panunggalane para sakabat, padha menyanging desa kang aran Emaus, dohe saka ingYerusalem watara pitung mil. 14Wong loromau padha rasanan bab kabeh kang mentaskalakon. 15Nalika lagi padha rembuganlan bebantahan, Gusti Yesus piyambakrawuh nyelaki lan banjur nyarengi inglakune. 16Nanging wong mau mripate padhakalimputan, mulane padha pangling karoPanjenengane. 17Gusti Yesus tumuli ngandikamarang wong loro iku: “Apa sing padhakokrembug sajrone lumaku iki?” Banjur padhamandheg kalawan sedhih. 18Kang siji kangjenenge Kleopas, mangsuli: “Punapa namung

Page 381: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 24.19–25 149

Panjenengan piyambak tiyang manca ingYerusalem, ingkang boten uninga bab ingkangmentas kelampahan wonten ing ngrikuing salebetipun sawatawis dinten punika?”19Paring wangsulane: “Lelakon apa ta iku?”Unjuke kang kadangu: “LelampahanipunSang Yesus Nasarani, ingkang jumenengnabi, ingkang kuwaos ing pandamel sahaing pangandika wonten ing ngarsaning Allahsarta wonten ing ngajengipun bangsa kulasadaya. 20Nanging para pangajengipunimam saha para pangageng kula samingulungaken Panjenenganipun dhateng ingpaukuman pejah, lajeng dipun salib. 21Mangkakula sadaya kala rumiyin sami gadhahpangajeng-ajeng, inggih Panjenenganipunpunika ingkang rawuh badhe ngluwaribangsa Israel. Nanging sapunika sampundumugi ing tigang dintenipun, sasampunipunpunika wau sadaya kalampahan. 22Namungkemawon lajeng wonten tiyang estri sawatawispanunggilan kula ingkang sami damel kagetkula: Enjing umun-umun sampun samidhateng ing pasarean, 23 layonipun botenpinanggih. Lajeng sami wangsul, cariyos,bilih sami sumerep malaekat, ingkang samingandika, bilih Panjenenganipun gesang.24Nunten wonten kanca kula sawatawisingkang sami dhateng pasarean, denepinanggihipun pancen leres ingkang dipuncariyosaken para tiyang estri wau, nangingboten sami sumerep Panjenenganipun.”25Gusti Yesus tumuli ngandika marang

Page 382: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 24.26–33 150

wong-wong mau: “Heh wong kang padhatanpa budi lan kang randhat ing pamikir,temah ora pracaya marang samubarangkabeh, kang wis kapangandikakake deningpara nabi! 26Sang Kristus apa ora pinasthinandhang iku mau kabeh, banjur lumebeting kamulyane?” 27Tumuli padha diparingikatrangan bab sabarang kang wis katulisaning Kitab Suci kabeh tumrap Panjenengane,wiwit kitab-kitabe Nabi Musa lan kitab-kitabepara nabi.28Bareng wis cedhak ing desa kang

kaparanan, Gusti Yesus kaya-kaya arepnglajengake tindake. 29Nanging dicandhetdening wong-wong mau, unjuke: “Kula aturikendel wonten ing griya kula, awit sampunngajengaken dalu, surya sampun serap.”Panjenengane iya banjur lumebet karo wong-wong mau. 30Bareng lenggah arep dhaharbebarengan, nuli mundhut roti, diberkahibanjur dicuwil-cuwil, diparingake marangkarone. 31Nalika iku mripate banjur kabuka,temah ora pangling karo Panjenengane,nanging Gusti Yesus banjur musna sakaing pandelenge. 32Wong loro mau tumulipadha sapocapan mangkene: “Atiku rak wispadha ngangah-angah, nalika Panjenenganengandika marang aku kabeh ana ing dalanlan nalika Panjenengane nerangake Kitab Sucimarang kowe lan aku?”33Banjur padha ngadeg lan bali menyang

Yerusalem. Ana ing kono padha nyumurupisakabat sawelas padha kumpulan karo para

Page 383: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 24.34–43 151

sadulur-sadulur liyane, 34 sarta iku padhangucap: “Gusti nyata yen wis wungu lan wisngatingal marang Simon.” 35Wong loro mauiya tumuli nyaritakake lelakone ana ing dalan,sarta kapriye anggone mari pangling marangGusti Yesus, sajrone nyuwil-nyuwil roti.

Gusti ngatingal marangpara siswane kabeh

24:36-49Yo 20:19-23

36Nalika padha rembugan bab iku mau,Gusti dumadakan jumeneng ana ing tengahesarta ngandika: “Tentrem rahayu anaa ingkowe kabeh.” 37Kabeh padha kaget kaworanwedi, lan ngira weruh memedi. 38NangingPanjenengane banjur ngandika: “Yagenekowe padha kaget lan apa sababe dene kowepadha kethukulan rasa mangu-mangu ana ingsajroning atimu? 39Delengen tanganKu lansikilKu, iki Aku dhewe; grayangana Aku lansatitekna, yen memedi rak ora ana dagingelan balunge, kaya kang padha kokdelengana ing Aku iki.” 40Ngandika mangkonoiku karo nedahake astane lan sampeyane.41Bareng kabeh durung padha ngandel margasaka bungahe lan isih padha kaeraman,Panjenengane nuli ngandika: “Ing kene apaana sing kena dipangan?” 42Banjur dicaosiiwak gorengan sairis. 43 Iku tumuli ditampenilan didhahar ana ing ngarepe wong-wongmau.

Page 384: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 24.44–51 15244Banjur padha dipangandikani mangkene:

“Yaiki pituturKu kang Dakkandhakakemarang kowe kabeh, nalika Aku isih nunggalkaro kowe, yaiku yen kabeh kang wiskatulisan tumraping Aku ana ing sajroningkitab-Torete Nabi Musa lan kitabe para nabisarta kitab Masmur, iku kudu kayektenan.”45Panjenengane banjur mbuka pikiranewong-wong mau supaya padha ngretimarang Kitab Suci. 46Pangandikane: “Anakang katulisan mangkene: Sang Kristuspinasthi nandhang sangsara lan ing telungdinane wungu saka ing antarane wong mati.47Karodene maneh: pawarta bab pamratobatlan apuraning dosa kudu kaundhangakemarang sakabehing bangsa atas asmane,wiwit saka ing Yerusalem. 48Dene kowekang padha dadi seksine bab iku mau kabeh.49Sabanjure kowe bakal padha Dakkirimi apakang wis dijanjekake dening RamaKu. Nangingkowe padha anaa ing kutha kene dhisik, ngantikowe wis padha kaparingan kasekten saka ingngaluhur.”

Mekrade Gusti Yesus

24:50-5350Sawise mangkono para sakabate banjur

kadhawuhan ndherek Gusti Yesus menyanging jaban kutha, menyang ing sacedhakedesa Betania. Ana ing kono Panjenenganenuli ngangkat astane, para sakabat padhadiberkahi, 51 lan nalika mberkahi mau,

Page 385: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LUKAS 24.52–53 153

Panjenengane banjur nilar para sakabatetuwin mitrane menyang ing swarga. 52Parasakabat banjur padha sujud nyembah marangPanjenengane, nuli padha bali menyang ingYerusalem kalawan bungah banget, 53 sartatansah padha ana ing Padaleman Suci lanngluhurake Gusti Allah.

Page 386: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN

Sang Sabda kang manjalma

1:1-18

11 Ing kala purwa Sang Sabda iku ana, deneSang Sabda iku nunggil karo Gusti Allah

sarta Sang Sabda iku Gusti Allah. 2WiwitanePanjenengane iku nunggil karo Gusti Allah.3Samubarang kabeh dumadine dening SangSabda, lan samubarang kang dumadi oraana sawiji-wijia kang ora didadekake deningSang Sabda. 4Sang Sabda kang kadununganurip, sarta urip iku kang dadi pepadhangingmanungsa. 5Anadene Sang Padhang nelahisajroning pepeteng, lan ora kalindhih deningpepeteng iku. 6Ana priya rawuh kautus deningAllah asmane Yokanan. 7Rawuhe dadi seksi,kapatah nekseni bab Sang Padhang, supayadadia lantarane wong kabeh padha pracaya.8Panjenengane iku dudu Sang Padhangpiyambak, mung kapatah nekseni bab SangPedhang. 9Sang Padhang kang sajati kangmadhangi saben wong, iku lagi ngrawuhijagad.10Panjenengane wus ana ing jagad, dhasar

jagad iku dumadine iya dening Panjenengane,nanging jagad iku ora wanuh marangPanjenengane. 11Rawuhe murugi kagungane,nanging para kagungane iku ora gelem

Page 387: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 1.12–18 2

nampani. 12Nanging sapa bae kang nampaniPanjenengane iku diparingi wewenang dadipara putraning Allah iya iku kang padhapracaya marang asmane, 13kang laire ora sakaing getih, iya ora saka pakaremaning dagingutawa saka karepe wong lanang, nanging sakaing Allah.14Anadene Sang Sabda wus dadi daging

sarta makuwon ana ing antara kita, lanaku wus padha nyawang kamulyane, iyaiku kamulyan kang kaparingake marangPanjenengane kang jumeneng Putraneontang-anting Sang Rama, kang kapenuhaning sih-rahmat lan kayekten. 15Nabi Yokanannekseni mungguh Panjenengane sartanguwuh-uwuh, pangandikane: “Iya iki kangdakkarepake nalika aku pitutur mangkene:Kang rawuh nungka aku iku wus ngrumiyiniaku, amarga anane sadurunge aku.” 16Sakaing kasampurnane kita kabeh wus tampaganjaran sih mawantu-wantu. 17Sababangger-angger iku anggone kaparingakelantaran Nabi Musa, dene sih-rahmat lankayekten iku dumadine dening Sang YesusKristus.18Ora ana wong siji-sijia kang wus tau

weruh Gusti Allah. Sang Putra ontang-antingkang ana ing pangkone Sang Rama, iku kangnerangake kawontenane.

Page 388: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 1.19–27 3

Paseksene Nabi Yokanan Pambaptis

1:19-28Mt 3:1-12 Mk 1:1-8 Lk 3:3-6, 15-17

19 Iki paseksene Nabi Yokanan nalika wongYahudi saka ing Yerusalem kongkonan paraimam lan para wong Lewi, dikon maturpitakon: “Panjenengan punika sinten?” 20NabiYokanan ngaken kanthi bares: “Aku ikidudu Sang Kristus.” 21Pitakone kongkonan:“Manawi makaten panjenengan punikasinten? Punapa Nabi Elia?” Paring wangsulaneNabi Yokanan: “Dudu.” 22 Ing kono aturekongkonan: “Panjenengan punika sinten,supados kula sami saged mratelakakendhateng ingkang kengkenan kula. Pengakenpanjenengan tumrap sarira panjenengankadospundi?” 23Pangandikane Nabi Yokanan:“Aku iki swarane wong kang nguwuh-uwuhana ing pasamunan: Padha ngencengna margiambah-ambahane Pangeran! Kaya kang wusdipangandikakake dening Nabi Yesaya.”24Mungguh ing antarane para kongkonan

mau ana wonge Farisi sawatara. 25 Iku banjurnyuwun pirsa maneh: “Manawi panjenengansanes Sang Kristus, sanes Nabi Elia, sanesnabi ingkang sami kula antos-antos, punapaadene panjenengan kok mawi mbaptis?” 26NabiYokanan mangsuli, pangandikane: “Aku ikianggonku mbaptis nganggo banyu, nangingwus ana kang jumeneng ing tengahmu,kowe padha ora weruh, 27 iya iku kang

Page 389: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 1.28–34 4

rawuhe nungka aku. Ambok nguculi jangetingtrumpahe bae aku ora patut.”28Mungguh kelakone iku mau ana ing

Betania, ing sabrange bengawan Yarden,panggonane Nabi Yokanan mbaptis.

Nabi Yokanan nedahake Gusti Yesus

1:29-3429Esuke Nabi Yokanan mirsa Gusti Yesus

murugi, Nabi Yokanan mau banjur ngandika:“Delengen iku Cempening Allah kang ngilangidosane jagad. 30 Iya Panjenengane iku kangdakkarepake nalika aku kandha mangkene:Ana priya rawuh nungka aku, kang wusngrumiyini aku, amarga anane sadurungeaku. 31 Ing maune aku iya ora wanuh marangPanjenengane, nanging supaya Panjenenganekalairna marang Banisrael, mulane tekakunganggo mbaptis ing banyu.”32Lan maneh paseksene Nabi Yokanan

mangkene: “Aku wus ndeleng Roh tumedhaksaka ing swarga kaya manuk dara, dedaleming sarirane. 33Maune aku iya ora wanuhkaro Panjenengane, nanging kang ngutus akumbaptisi ing banyu, wus ngandika marangaku: Manawa sira weruh Roh iku nedhakisawijining wong lan dedalem ing sariraneWong mau, iya iku kang bakal mbaptis saranaRoh Suci. 34Anadene aku wus ndeleng lannekseni yen iku Putraning Allah.”

Page 390: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 1.35–42 5

Sakabate Gusti Yesus kang kawitan

1:35-5135Esuke Nabi Yokanan jumeneng ana

ing papan kono maneh, karo sakabateloro. 36Nalika padha weruh Gusti Yesuslangkung, Nabi Yokanan ngandika: “Lah ikuCempening Allah!” 37Sakabate loro mau padhakrungu anggone Nabi Yokanan ngandikamangkono iku, banjur ndherekake tindakeGusti Yesus. 38Gusti Yesus tumuli nolehmirsa yen sakabat mau padha ndherekake,banjur didangu: “Kowe padha golek apa?”Unjuke kang didangu: “Rabbi (tegese: Guru),pakendelan Paduka wonten ing pundi?”39Pangandikane Gussti Yesus: “Ayo, kowebakal padha weruh!” Tumuli padha maralan weruh marang pakendelane, sarta ingdina iku banjur padha tetunggalan karoPanjenengane, dene mungguh wayahe ikuwatara jan papat. 40Dene sakabat loro kangwus krungu pangandikane Nabi Yokananbanjur ndherekake Gusti Yesus iku, kangsiji yaiku Andreas, sadulure Simon Petrus.41Dhisike Andreas ketemu karo Simon,sadulure, banjur dikandhani: “Aku wus padhaketemu karo Sang Mesih (tegese: Kristus).”42Simon mau tumuli diirid menyang ngarsaneGusti Yesus. Gusti Yesus banjur mandengSimon sarta ngandika: “Kowe iku Simonanake Yokanan. Kowe bakal dijenengake Kefas(tegese: Petrus)

Page 391: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 1.43–51 643Esuke maneh Gusti Yesus karsa tindak

menyang ing tanah Galilea. Panjenenganepinanggih karo Filipus, banjur ngandika:“Melua Aku!” 44Filipus mau wong saka ingBetsaida, kuthane Andreas lan Petrus. 45Filipusketemu Natanael, banjur dituturi mangkene:“Aku wus padha ketemu karo kang kasebutakedening Nabi Musa sajroning Toret sartadening para nabi, iya iku Gusti Yesus putraneBapak Yusuf, saka ing Nasaret.” 46PangucapeNatanael: “Saka Nasaret apa ana barangkang becik?” 47Wangsulane Filipus: “Ayo,ndelenga!” Bareng Gusti Yesus mirsa Natanaelsowan ing ngarsane, banjur ngandika babdheweke: “Lah, iku wong Israel sajati, kangora kadunungan cidra.” 48Natanael banjurmunjuk: “Paduka nguningani kawula sakingpundi?” Gusti Yesus mangsuli pangandikane:“Sadurunge kowe diajak dening Filipus, Akuweruh kowe ana ing sangisore wit anjir.”49Natanael munjuk maneh: “Dhuh Rabbi,paduka punika Putranipun Allah, Padukapunika Ratunipun Israel.” 50Gusti Yesusmangsuli pangandikane: “Olehmu pracaya ikuapa awit anggon-Ku pitutur ing kowe: Akuweruh kowe ana ing sangisore wit anjir? Kowebakal weruh lelakon-lelakon kang luwih elokkatimbang karo iku.” 51Banjur dipangandikanidening Gusti Yesus mangkene: “Satemenepitutur-Ku ing kowe, kowe bakal padha weruhlangit menga, lan para malaekating Allahpadha mudhun lan munggah marang PutraningManungsa.”

Page 392: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 2.1–10 7

Manten ing desa Kana

2:1-11

21Nalika ing dina katelune ing desa Kanatanah Galilea ana manten, sarta kang ibune

Gusti Yesus ana ing kono. 2Gusti Yesus dalahpara sakabte, uga diulemi mrono. 3Barengpadha kekurangan anggur, kang ibune GustiYesus tumuli ngandika marang Panjenengane:“Padha kentekan anggur.” 4PangandikaneGusti Yesus: “Ibu, panjenengan ngarsakakenpunapa dhateng Kula? Dereng dumugi wekdalKula.” 5Nanging kang ibune Gusti Yesusbanjur dhawuh marang para paladen: “Apasadhawuhe marang kowe padha lakonana.”6 Ing kono ana genthong watu wadhah banyunenem, sadhiyan kanggo sesuci manut adatewong Yahudi, isine saben genthong mau rongklenthing utawa telung klenthing. 7Gusti Yesustumuli dhawuh marang para paladen mau:“Genthonge pada kebakana banyu!” Tumuliiya diiseni nganti kebak. 8Gusti Yesus banjurngandika: “Saiki cidhuken, lan aturna marangpitayaning gawe!” Banjur kelakon digawa.9Pitayaning gawe bareng ngicipi banyu kangwus dadi anggur mau -- lan dheweke orasumurup pinangkane, awit kang sumurupmung para paladen kang padha nyidhukibanyune -- tumuli ngaturi panganten lanang,10 sarta matur: “Saben tiyang nyegah anggurpunika ingkang sae rumiyin. Dene manawipara tamu anggenipun ngunjuk sampun

Page 393: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 2.11–15 8

kathah lajeng saweg nyegahaken ingkangkirang sae. Nanging Panjenengan kok nyimpenanggur ingkang sae ngantos sapunika.”11Prakara mau katindakake dening Gusti

Yesus ana ing Kana tanah Galilea, dadiwiwitaning mukjijat-mukjijat, lan sranamangkono Panjenengane wus mbabarakekaluhurane. Para sakabate tumuli padhapracaya marang Panjenengane.

Gusti Yesus ana ing kutha Kapernaum

2:1212Sawuse mangkono Gusti Yesus banjur

tindak menyang ing kutha Kapernaum,bebarengan karo kang ibu lan para sadhereketuwin para sakabate; nanging ana ing konomung kendel sawatara dina bae.

Gusti Yesus nyucekake Padaleman Suci

2:13-25Mt 21:12-13 Mk 11:15-17 Lk 19:45-46

13Nalika ngarepake riyayane Paskahwong Yahudi, Gusti Yesus tindak menyangYerusalem. 14Ana ing Padaleman Suci GustiYesus mirsa wong-wong kang adol sapi,wedhus, manuk dara, apadene wong-wongpreyalan padha dhasar ana ing kono.15Panjenengane mundhut tampar kagempecut, banjur nundhungi wong-wong maukabeh dalah wedhuse lan sapine, saka ingPadaleman Suci. Dhuwite preyalan-preyalan

Page 394: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 2.16–23 9

padha disuntaki, mejane padha digolingake.16Bakul-bakul dara padha kadhawuhanmangkene: “Kabeh iki padha singkirna sakaing kene! Padalemane Rama-Ku aja kokgeweomah padagangan.” 17Para sakabate tumulikelingan manawa ana tulisan mangkene:“Katresnan Kawula dhateng PadalemanPaduka punika ngantos nggrantesakenKawula.” 18Wong-wong Yahudi tumuli nyelaatur marang Gusti Yesus: “Panjenengansaged damel mukjijat punapa ingkang sagedPanjenengan ketingalaken dhateng kulasadaya, dene Panjenengan kok nindakakenpratingkah kados makaten?” 19Gusti Yesusmangsuli pangandikane: “Padaleman Suciiki bubrahen, sajroning telung dina bakalDakdegake maneh.” 20Unjuke wong Yahudi:“Padaleman Suci punika kabangun ingsalebetipun kawandasa nem taun, mangkaPanjenengan kok badhe, ngadegakensalebeting tigang dinten?” 21Nanging kangdipangandikakake Padaleman Suci ikusarirane piyambak. 22 Ing tembe, sawuseGusti Yesus wungu saka ing antarane wongmati, para sakabate lagi padha kelingan, yenPanjenengane wus tau ngandika mangkonomau, banjur padha pracaya marang Kitab Sucilan marang pangandika kang kadhawuhakedening Gusti Yesus.23Nalika Gusti Yesus ana ing Yerusalem,

sajrone riyaya Paskah, akeh wong pracayamarang Panjenengane, marga padhaweruh mukjijat-mukjijat kang katindakake.

Page 395: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 2.24–3.6 1024Ananging Gusti Yesus piyambak oranganggep marang pracayane wong-wong ikumau, amarga kabeh wus diuningani, 25 sartaora prelu ana wong kang nyaosi paseksenbab manungsa marang Panjenengane, jalaranPanjenengane wis mirsa piyambak apa kangana ing batine manungsa.

Piwulange Gusti Yesus marangNikodhemus bab lair kapindho

3:1-21

31Ana wong Farisi jenenge Nikodhemus,panggedhene wong Yahudi, 2 seba marang

ngarsane Gusti Yesus ing wayah bengi, sartamunjuk: “Rabbi, kawula sami sumerep bilihrawuh Panjenengan dados guru punika kautusdening Gusti Allah, amargi boten wontentiyang ingkang saged nindakaken pratandhakados ingkang Panjenengan tindakakenpunika manawi boten tinunggil dening Allah.”3Gusti Yesus mangsuli, pangandikane:“Satemen-temene pututurKu ing kowe:Wong manawa ora kalairake maneh mesthiora bisa weruh Kratoning Allah.” 4UnjukeNikodhemus: “Tiyang sampun sepuh makatenanggenipun saged lair kadospundi? Punapasaged lumebet malih dhateng guwa-garbaningbiyungipun, lajeng kalairaken malih?” 5Paringwangsulane Gusti Yesus: “Satemen-temenepituturKu ing kowe: Wong manawa orakalairake saka banyu lan Roh, mesthi ora bisalumebu marang Kratoning Allah. 6Apa kang

Page 396: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 3.7–16 11

lair saka ing daging iku daging lan kang lairsaka ing Roh, iku roh. 7Aja gumun, deneAku pitutur ing kowe: Kowe kudu padhakalairake maneh. 8Menyang ngendi midideangin iku miturut ing sakarepe, lan kowekrungu sumiyute, nanging ora sumuruppinangkane lan parane. Kaya mangkono ikukaanane saben wong kang kalairake sakaing Roh!” 9Nikodhemus munjuk: “Prakawispunika sagedipun kalampahan kadospundi?”10Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Koweiku rak dadi gurune wong Israel, dene kokora ngreti prakara iku? 11Satemen-temenepituturKu ing kowe: Kang padha Dakrembugiku, iya kang padha Daksumurupi sartakang padha Daksekseni iya kang padhaDaktingali, ewadene kowe ora padha nampaniing paseksenKu kabeh. 12Manawa kowe nalikaDaktuturi bab kadonyan padha ora ngandel,kapriye bisamu padha ngandel saupamaDaktuturana bab kaswargan? 13Ora ana wongsiji-sijia kang sumengka menyang ing swarga,kajaba mung Panjenengane kang wus tumurunsaka ing swarga, iya iku Putrane Manungsa.14Kayadene Nabi Musa anggone manjer

rerekan ula ana ing ara-ara-samun, iyamangkono uga Putrane Manungsa anggonepinesthi kapanjer, 15 supaya saben wongkang pracaya marang Panjenengane oleh uriplanggeng. 16Awitdene Gusti Allah anggonengasihi marang jagad iku nganti masrahakeKang Putra ontang-anting, supaya sabenwong kang pracaya marang Panjenengane aja

Page 397: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 3.17–23 12

nganti nemu karusakan, nanging nduwenanaurip langgeng. 17Sabab Gusti anggonengutus Kang Putra ngrawuhi jagad iku orasupaya ngadili marang jagad, nanging supayamitulungi rahayu marang jagad. 18Sing sapapracaya marang Panjenengane, iku ora bakaldiukum, balik sing sapa ora pracaya, iku wuskapatrapan, amarga ora pracaya marangasmane Putraning Allah kang ontang-anting.19Anadene mungguh paukuman maumangkene: Sang Padhang iku wus rawuhing jagad, nanging manungsa padha luwihrumaket marang pepeteng, tinimbnang karopepadhang, amarga panggawe-panggaweneala. 20Sabab sing sapa nindakake piala mesthisengit lan nyingkur marang pepadhang supayaaja kongsi katon panggawene kang ala iku.21Balik sapa kang tumindak bener iku maranipepadhang, supaya tetelaa yen panggaweneiku mau linakonan ana ing patunggilaningAllah.”

Paseksene Nabi Yokanan bab Gusti Yesus

3:22-3622Sawuse mangkono Gusti Yesus tindak

menyang ing tlatahe tanah Yudea kadherekakepara sakabate, banjur kendel ana ing konokaro para sakabate sarta mbaptis. 23DeneNabi Yokanan anggone mbaptis ana ing Ainon,sacedhake Salim, awit ing kono akeh banyune,wong-wong nuli padha mrono sarta dibaptisi,

Page 398: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 3.24–32 1324awit nalika samana Nabi Yokanan durungkalebokake ing pakunjaran.25Nalika samana tuwuh bebantahane

para sakabate Yokanan karo wong Yahudibab sesuci. 26Sakabat mau tumuli padhasowan marang ngarsane Nabi Yokanan lanmatur: “Rabbi, tiyang ingkang sesarengankaliyan panjenengan wonten ing sabrangipunbenawi Yarden saha ingkang sampunpanjenengan sekseni punika inggih mbaptissarta kapurugan dening tiyang kathah.” 27NabiYokanan mangsuli; pangandikane: “Wong orabisa ndhaku apa-apa manawa ora kapringansaka ing swarga. 28Kowe dhewe padha dadiseksiku anggonku duwe pitutur: Aku iki duduSang Mesih, mung kautus lumaku dadi cecalaana ing ngarsane. 29Kang nduweni pangantenwadon iku panganten lanang, dene mitranepanganten lanang kang ngadeg ing sacedhakelan nilingake, iku bungah banget ngrungokakeswarane panganten lanang iku. Iya ikukabungahanku lan kang kaya mangkono ikusaiki wus katutugan. 30Panjenengane ikupinasthi saya mundhak, nanging aku iki sayasuda.31Kang rawuhe saka ing ngaluhur iku

ngungkuli sakabehe, kang pinangkane sakaing bumi iku iya saka ing bumi, lan calathuneiya nganggo basa ing bumi. Kang rawuhe sakaing swarga iku ngungkuli sakabehe. 32Sartaapa kang wus ditingali lan dipiyarsakakeiya iku kang disekseni; ewadene ora anawong siji-sijia kang nampani ing paseksene.

Page 399: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 3.33–4.6 1433Sapa kang nampani ing paseksene iku,ngakoni yen Gusti Allah iku sanyata. 34Sababkang kautus dening Gusti Allah iku kangndhawuhake pangandikane Gusti Allah,amarga Gusti Allah anggone maringake Rohetanpa wates. 35Sang Rama ngasihi marangSang Putra, sarta wus masrahake samubarangkabeh marang Panjenengane. 36Sing sapapracaya marang Sang Putra, iya nduweniurip langgeng, nanging sing sapa ora mituhumarang Sang Putra, iku bakal ora weruhing urip, nanging malah langgeng anggonekataman ing bebenduning Allah.”

Gusti wawan sabda karowong wadon Samaria

4:1-42

41Bareng Gusti mirsa yen wong Farisi wuspadha krungu pawarta yen kang manjing

dadi siswa sarta dibaptis dening Gusti Yesusiku kehe ngluwihi sakabate Nabi Yokanan,2 -- sanadyan dudu Gusti Yesus piyambakkang mbaptis, nanging mung para sakabate-- 3Panjenengane tumuli nilar tanah Yudea,tindak wangsul menyang ing tanah Galilea.4Anadene tindake mau kudu miyos ing tanah

Samaria. 5Banjur rawuh ing sawijining kuthaing tanah Samaria kang aran Sikhar, cedhakkaro palemahan kang biyen diparingakedening Rama Yakub marang kang putra Yusuf.6 Ing kono ana sumure Rama Yakub. GustiYesus sarehne kraos sayah saka anggone

Page 400: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 4.7–15 15

tindak, banjur lenggah ana pinggiring sumurkono. Nalika samana kira-kira wayah jamrolas. 7Tumuli ana wong wadon Samaria tekaarep ngangsu. Gusti Yesus ngandika marangwong mau: “Aku wenehana ngombe!” 8Awitpara sakabate lagi padha menyang kutha tukupangan. 9Wong wadon mau banjur munjuk:“Kadospundi dene Panjenengane tiyang Yahudikok mundhut ngunjuk dhateng kula tiyangSamaria?” (Awit wong Yahudi ora srawungkaro wong Samaria.) 10Gusti Yesus mangsuli,pangandikane: “Manawa kowe sumurup ingpeparinge Allah, lan sapa wonge kang tutur ingkowe: Aku wenehana ngombe, mesthi kowekang njaluk marang wong iku, tumuli kowediwenehi banyu urip.” 11Unjuke wong wadonmau: “Bendara, Panjenengan boten kagungantimba, mangka sumuripun lebet, dadossaking pundi anggen Panjenengan angsaltoya gesang punika? 12Panjenengan mesthiboten nglangkungi leluhur kula Yakub ingkangmaringaken sumur punika dhateng bangsakula. Dene panjenenganipun ugi ngunjuksaking sumur punika, samanten ugi paraputra lan kewanipun.” 13Gusti Yesus mangsulipangandikane: “Sapa wong kang ngombebanyu iki bakal ngelak maneh, 14nangingsing sapa ngombe banyu pawewehKu, bakalora ngelak ing salawas-lawase. Malah banyupawewehKu mau ana ing jerone wong ikubakal dadi sumber, kang mancur terustumeka ing urip, langgeng.” 15Unjuke wongwadon mau: “Bendara, kula Panjenengan

Page 401: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 4.16–24 16

paringi toya punika, supados sampun ngantosngelak, sarta boten sisah ngangsu mrikimalih!” 16Pangandikane Gusti Yesus: “Lungaa,undangen bojomu, tumuli balia mrene!”17Unjuke wong wadon: “Kula boten gadhahsemah.” Pangandikane Gusti Yesus: “Benerkandhamu, yen kowe ora duwe bojo iku.18Sabab anggonmu bebojoan wus ambalkaping lima, mangka kang saiki iku dudubojomu. Pancen bener ujarmu kang mangkonoiku.” 19Unjuke wong wadon: “Gusti, sapunikatumrap kawula sampun cetha, bilih Padukapunika nabi. 20Para leluhur kawula anggenipunsujud wonten ing redi punika, mangka bangsaPaduka criyos bilih panggenanipun tiyangnglampahi sujud punika ing Yerusalem.”21Pangandikane Gusti Yeusu: “He, wongwadon, ngandela marang Aku, bakal tumekaing wektune anggonmu padha sujud marangGusti Allah ora ana ing gunung iki, lan iya oraana ing kutha Yerusalem. 22Kowe iku padhasujud marang kang ora padha kokweruhi.Aku iki padha sujud marang kang padhaDakweruhi. Awit mungguh wijiling karahayoniku saka bangsa Yahudi. 23Nanging bakaltumeka ing wektune, malah saiki wus tumekaing wektune para wong sujud kang sajati ikuanggone padha sujud marang Sang Ramasajroning Roh lan kayekten, awit wong sujudkang kaya mangkono iku kang dikarsakakedening Sang Rama. 24Gusti Allah iku Roh,mulane kang padha sujud marang Gusti Allah,anggone sujud iku kudu ing sajroning roh lan

Page 402: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 4.25–35 17

kayekten.” 25Unjuke wong wadon: “Kawulasumerep bilih Sang Mesih badhe rawuh,ingkang ugi kasebat Sang Kristus; punikasarawuhipun badhe nyumerepaken samukawisdhateng kawula sadaya.” 26PangandikaneGusti Yesus: “Iya Aku iki Panjenengane kanglagi ngandikan karo kowe iki.”27Nalika samana para sakabate teka,

sarta padha gumun dene Gusti Yesus imbalpangandika karo wong wadon. Ananging oraana siji-sijia kang munjuk: “Ingkang Padukakarsakaken punapa?” Utawa: “Tiyang punikaPaduka pangandikani punapa?” 28Wong wadonmau tumuli ninggal june ana ing kono, banjurmenyang kutha lan crita marang wong-wonging kono: 29Ayo padha ndelenga, ing kanaana wong kang ngandhakake lelakonku kabehmarang aku. Apa kirane iku Sang Kristus?”30Wong-wong mau tumuli padha mangkatmenyang ing sajabane kutha sowan marangngarsane Gusti Yesus.31Nalika samana para sakabate tumuli

matur marang Gusti Yesus, unjuke: “Rabbi,sumangga Paduka dhahar!” 32Nanging GustiYesus ngandika: “Aku duwe pangan kang orapadha koksumurupi.” 33Kang iku para sakabatpadha sapocapan: “Apa kira-kira ana wongkang nyaosi dhahar?” 34Pangandikane GustiYesus: “Kang dadi panganKu iya anggonKunglakoni karsane kang ngutus Aku, sartangrampungake ayahane. 35Rak ana ujarmukang mangkene: Kurang patang sasi nulipanen. Nanging pituturKu ing kowe: Padha

Page 403: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 4.36–42 18

delengen ing kiwa tengenmu lan tamatnapategalan-pategalan, kang katon kuning ikuwus kena dieneni. 36Saiki kang derep wustampa bawon, sarta nglumpukake woh kangtumuju marang ing urip langgeng, satemahkang nyebar lan kang derep loro-lorone padhabungah. 37Awit tumrap iki bener bebasankang muni mangkene: Kang siji nyebar, sijinekang ngeneni. 38Kowe padha Dakutus ngenenikang dudu garapanmu. Wong liya kang padhanggarap, lan kowe kang padha ngundhuhipametuning garapane.”39Kacarita akeh wong Samaria ing kutha kono

kang padha pracaya marang Panjenenganeawit saka paseksene wong wadon mau:“Panjenengane wus mbedhek sakabehinglelakonku.” 40Wong-wong Samaria maubareng wus sowan ing ngarsane Gusti Yesus,padha duwe atur panyuwun, muga karsaalereb ana ing omahe. Panjenengane iya banjurlereb ana ing kono rong dina, 41 sarta mundhakakeh maneh kang padha manjing pracaya awitsaka pangandikane, 42 lan padha tutur marangwong wadon mau: “Anggonku padha pracayawus ora marga saka ujarmu iku. Amarga akudhewe wus padha ngrungokake Panjenengane,lan aku wus padha sumurup yen sanyatanePanjenengane iku Pamartaning jagad.”

Page 404: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 4.43–49 19

Bali menyang Galilea

4:43-4543Sawuse rong dina iku Gusti Yesus tedhak

saka ing kono menyang ing tanah Galilea,44 sabab Gusti Yesus wus nekseni piyambakyen kang jeneng nabi iku ora kajen anaing nagarane dhewe. 45Sarawuhe ing tanahGalilea, banjur ditampeni dening wong-wonging kono, marga iku wus padha ndelengsakehing pandamele ana ing Yerusalem nalikariyaya, amarga wong-wong mau uga melunekani riyaya iku.

Anake priyayi kadhaton

4:46-54Mt 8:5-13 Lk 7:1-10

46Gusti Yesus tumuli tindak maneh menyanging Kana ing tanah Galilea, panggonane nalikaPanjenengane nyabdakake banyu dadi anggur.Anadene ing Kapernaum ana priyayi kadhatonduwe anak lanang kang lagi lara. 47Nalikapriyayi mau krungu warta manawa GustiYesus saka ing tanah Yudea rawuh ing tanahGalilea, banjur seba marang ngarsane GustiYesus sarta darbe panyuwun muga karsaatedhak nyarasake anake, awit anake iku wusarep mati. 48Gusti Yesus tumuli ngandikamarang priyayi mau: “Manawa ora ndelengpratandha lan kaelokan, kowe ora bakal padhapracaya.” 49Unjuke priyayi mau: “Dhuh Gusti,

Page 405: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 4.50–5.4 20

mugi karsaa tedhak sapunika mumpung anakkawula dereng pejah.” 50Pangandikane GustiYesus: “Balia, anakmu urip.” Priyayi maupracaya marang pangandikane Gusti Yesusiku, tumuli bali. 51Nalika isih ana ing dalanpriyayi mau kapethuk abdi-abdine, kangpadha nusul ngaturi pawarta, manawa anakeurip. 52Tumuli padha didangu, wayah apaanake wiwit waras. Ature: “Kala wingi wancijam satunggal siyang, anggenipun mantunbenter.” 53Bapakne mau banjur kelingan yening wayah iku anggone dipangandikani deningGusti Yesus: “Anakmu urip.” Priyayi mautumuli pracaya dalah sabrayate kabeh.54 Iku pratandha kang kapindho kang

katindakake dening Gusti Yesus nalika kondursaka ing tanah Yudea menyang ing tanahGalilea.

Gusti nyarasake wong lara ing dina Sabatana ing blumbang Betesdha

5:1-18

51Sawuse mangkono, kabener ana riyayawong Yahudi, Gusti Yesus nuli tindak

menyang ing Yerusalem. 2 Ing Yerusalem, ingsacedhak Seketheng Wedhus, ana blumbangkang ing tembung Ibrani diarani: Betesdha,kang ana bangsale lima. 3 Ing bangsal-bangsalkono akeh banget wong lara pating glethak,wong wuta, wong lara pating glethak, wongwuta, wong lumpuh, wong pincang, padhangenteni kocaking banyu. 4Awit ing samasa-

Page 406: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 5.5–13 21

masa ana malaekating Pangeran tumedhaking blumbag kono ngocakake banyune, sartamanawa banyu mau kocak, sing sapa nyegurdhisik dhewe, dadi waras, sanadyan apa baelelarane. 5Kocapa ing kono ana wong kangnandhang lara wus telung puluh wolu taunlawase. 6Bareng Gusti Yesus mirsa wong maungglethak ana ing kono, sarta ngudanenimanawa wus lawas anggone mangkono mau,wong mau tumuli dipangandikani: “Kowe apakapengin waras?” 7Atur wangsulane sing lara:“Dhuh, Gusti, boten wonten tiyang ingkangnyemplungaken kawula dhateng ing blumbangsamasa toyanipun wiwit kocak. Dene manawikawula saweg murugi, lajeng wontentiyang sanes ingkang ambyur ngrumiyinikawula.” 8Pangandikane Gusti Yesus: “Tangia,paturonmu angkaten, lan lumakua!” 9Sanalikawong mau dadi waras, nuli ngangkat paturonelan banjur mlaku.Nanging nalika iku pinuju dina Sabat.

10Amarga saka iku wong-wong Yahudi padhangaruh-aruhi wong kang lagi bae waras mau,pangucape: “Iki dina Sabat, kowe ora kenangangkat paturonmu!” 11Nanging wangsulanewong mau: “tiyang ingkang nyarasakenkula punika ingkang dhawuh dhateng kula:Paturonmu angkaten, lumakua!” 12Wong-wongYahudi banjur padha takon: “Sapa wonge kangakon kowe: Paturonmu angkaten, lumakua?”13Nanging wong kang lagi bae waras oraweruh, iku sapa, amarga Gusti Yesus wusnylimpet ana ing tengahe wong akeh kang ana

Page 407: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 5.14–20 22

ing kono. 14Sawuse mangkono Gusti Yesusmrangguli wong mau ana ing Padaleman Suci,banjur dipangandikani: “Kowe wus waras, ajagawe dosa maneh, supaya kowe aja ngantikataman kang luwih banget.” 15Wonge tumulilunga aweh weruh marang wong-wong Yahudimanawa kang marasake dheweke iku GustiYesus. 16Lan marga saka iku, wong-wongYahudi padha ngudi arep nganiaya marangGusti Yesus, amarga nindakake kang kayamangkono ing dina Sabat. 17Nanging GustiYesus ngandika: “RamaKu nindakake pakaryannganti saprene, mulane Aku iya uga nglakonipagaweanKu.” 18Kang iku wong Yahudimundhak nemen maneh pangarahe nyedaniGusti Yesus iku, awit ora ngemungake nerakSabat bae, nanging uga marga mastani yenGusti Allah iku Kang Rama piyambak, dadisarirane dipadhakake Gusti Allah.

Paseksene Gusti Yesustumrap sarirane piyambak

5:19-4719 Ing kono Gusti Yesus mangsuli

pangandikane: “Satemen-temene pituturKuing kowe: Sang Putra ora bisa nindakake apa-apa saka awake dhewe, manawa Panjenenganeora weruh kang katindakake dening SangRama. Sabab apa kang katindakake deningSang Rama, iku uga katindakake deningSang Putra. 20Sabab Sang Rama ngasihiSang Putra sarta Panjenengane nedahake

Page 408: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 5.21–28 23

sabarang kang ditindakake piyambak marangSang Putra iku. Malah Panjenengane iya bakalnedahake marang Kang Putra pandamel kangluwih agung maneh katimbang karo iku,supaya kowe padha gumuna. 21Awit padhakaya Sang Rama anggone nangekake lannguripake wong kang padha mati, mangkonouga Sang Putra iya nguripake sok wongakang dikarsakake. 22Dene Sang Rama orangadili sapa bae, nanging pangandilan iku wusdipasrahake marang Sang Putra, 23 supayakabeh wong padha ngurmatana marang SangPutra kayadene anggone ngurmati marangSang Rama. Sing sapa ora ngurmati marangSang Putra, iku uga ora ngurmati marangSang Rama kang ngutus Panjenengane.24Satemen-temene pituturKu ing kowe:

Wong kang ngrungokake ing pituturKu, sartapracaya marang kang ngutus Aku, iku nduweniurip langgeng, tuwin bakal ora bakal katutkaukum, jalaran wus ngalih saka ing patimarang urip. 25Satemen-temene pituturKu ingkowe, bakal tumeka ing wektune, malah wustumeka ing wektune, wong mati padha krunguswarane Putraning Allah. Sarta kang padhangrungokake iku bakal urip. 26Sabab padhakaya Sang Rama anggone kagungan gesanging sarirane piyambak, mangkono uga SangPutra iya wus kaparengake kagungan gesangpiyambak. 27Sarta maneh wus kaparinganpanguwasa ngasta pangadilan, amargaPanjenengane iku Putraning Manungsa.28Kowe aja padha gumun marang prakara

Page 409: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 5.29–37 24

iku mau. Sabab bakal tumeka ing wektune:Sakehe wong kang ana ing kubur padhakrungu swarane, 29banjur metu, kangkalakuane becik tangi lan urip ing salawase,kang kalakuane ala tangi lan banjur kaukum.30Aku ora bisa nindakake apa-apa saka

awakKu dhewe, anggonKu ngadili iku laraskaro apa kang Dakrungu, sarta putusanKuadil. Amarga ora nuruti karepKu dhewe,nanging manut karsane kang ngutus Aku.31Manawa Aku nekseni mungguh ing awakKudhewe, paseksenKu mau ora bener. 32Analiyane kang nekseni mungguh ing Aku, lanAku weruh yen paseksen kang dilairakemungguh ing Aku iku bener. 33Kowe wuspadha kongkonan marang Nabi Yokanan,lan iku wus nekseni ing bab kayekten.34Nanging Aku iki ora mbutuhake paseksensaka manungsa. AnggonKu tutur mangkonoiku supaya kowe padha kapitulungan rahayu.35Nabi Yokanan iku minangka damar kangmurub lan kang madhangi, nanging koweiku mung sawatara mangsa bae anggonmugelem nikmati padhange. 36Nanging Aku ikinduweni paseksen kang ngungkuli pasekseneNabi Yokanan, iya iku sakabehing ayahankang kaparingake Sang Rama marang Aku,supaya Daktindakake. Ayahan mau iya kangDaktindakake saiki, kang adi pasekseneanggonKu kautus dening Sang Rama.37Karodene Sang rama kang ngutus Aku ikuwus nekseni piyambak ing ngatase Aku. Koweora tau krungu swatane utawa nyumurupi

Page 410: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 5.38–47 25

citrane, 38apadene pangandikane ora tetepdumunung ing kowe, awit kowe padha orangandel marang kang diutus. 39Kowe padhaniti priksa Kitab-kitab Suci, awit pandugamumarga saka Panjenengane kowe nduweni uriplanggeng. Nanging sanadyan Kitab-kitab Suciiku nekseni ing bab Aku, 40 suprandene kowepadha lumuh marani Aku supaya nduwenanaurip iku.41Aku ora kepengin diurmati dening

manungsa. 42Nanging tumrap kowe, Akuwus weruh, manawa padha ora kadunungankatresnan sajroning atimu marang GustiAllah. 43TekaKu iki atas asmane RamaKu,nanging ora koktampani. Manawa ana wongliya kang teka atas jenenge dhewe iku bakalkoktampani. 44Kowe iku anggonmu pada bisapracaya kapriye, dene padha purih-pinurihing kaurmatan, mangka kaurmatan kangsaka Gusti Allah Kang Maha-Tunggal iku orakokgayuh. 45Kowe aja padha duwe pangirayen Aku kang bakal nggugat kowe ana ingngarsane Sang Rama, kang nggugat kowe iyaiku Nabi Musa, yaiku Nabi Musa dunungingpangarep-arepmu. 46Sabab saupama kowepadha pracaya marang Nabi Musa, mesthiiya pracaya marang Aku, amarga Aku wusdiwecakake ana ing tulisane. 47Nangingmanawa kowe padha ora ngandel marangtulisane Nabi Musa, kapriye anggonmu bakalpadha pracaya marang kang Dakkandhakake?”

Page 411: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 6.1–10 26

Gusti Yesus maringi manganwong limang ewu

6:1-15Mt 14:13-21 Mk 6:32-44 Lk 9:10-17

61Sawuse mangkono Gusti Yesus tindakmenyang ing sabrange sagara Galilea,

yaiku sagara Tiberias. 2Wong akeh padhagrudugan ndherekake Panjenengane, amargapadha ndeleng mukjijat kang wus katindakakedening Gusti Yesus tumrap wong-wong kangpadha lara. 3Gusti Yesus tumuli minggahing gunung, banjur lenggah ana ing kono,kaadhep dening para sakabate. 4Nalikasamana wus ngarepake Paskah, riyayanewong Yahudi. 5Bareng Gusti Yesus mirsawong akeh padha grudugan sowan, banjurngandika marang Filipus: “Ing ngendi anggonkita arep tuku roti, supaya wong-wong ikibisa mangan?” 6Anggone ngandika mangkonoiku mung kagawe nyoba, awit wus mirsapiyambak apa kang bakal katindakake.7Unjuke Filipus: “Roti pangaos kalih atus dinarboten badhe nyekapi kangge tiyang samantenkathahipun punika, sanadyan namung samikabagean nyakedhik.” 8Sawijining sakabatiya iku Andreas sadulure Simon Petrus tumulimunjuk: 9 “Punika wonten lare ingkang mbektaroti sair gangsal kaliyan ulam loh kalih,nanging punika nggawer sapinten kanggetiyang samanten kathahipun punika?” 10GustiYesus ngandika: “Wong-wong iku konen padha

Page 412: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 6.11–17 27

linggih!” Anadene ing kono akeh sukete,wong-wong mau banjur padha linggih, kanglanang cacahe watara limang ewu. 11GustiYesus tumuli mundhut roti mau, lan sawusesaos sokur, banjur diedum-edum marangkang padha linggih ing kono, mangkono ugaiwake, sakarepe olehe arep padha mangan.12Sawuse padha wareg, Gusti Yesus tumulidhawuh marang para sakabate: “Cuwilanturahane padha klumpukna, supaya aja anakang kececeran!” 13Banjur iya diklumpukakeoleh rolas wakul kebak isi cuwilan roti sair limamau, yaiku sisane kang wus padha dipangandening wong-wong mau. 14Bareng wong-wongmau ndeleng kaelokan kang ditindakakedening Gusti Yesus iku, tumuli padha ngucap:“Panjenengane iku nyata Kangjeng Nabi kangbakal rawuh ing jagad.”15Sarehne Gusti Yesus pirsa, yen sedyane

wong-wong iku padha teka arep mboyongPanjenengane kalawan peksan, arepkajumenengake ratu, Panjenengane banjursumingkir minggah ing gunung manehpiyambakan.

Gusti Yesus tindak napak ing banyu

6:16-21Mt 14:22-33 Mk 6:45-52

16Bareng wayah sore para sakabate padhamudhun menyang ing sagara, banjur padhanunggang prau 17arep nyabrang menyanging Kapernaum. Bareng wus wengi, Gusti

Page 413: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 6.18–26 28

Yesus kok meksa durung rawuh, 18mangkaombaking sagara ngedab-edabi, amargakatempuh ing angin gedhe. 19Bareng olehepadha ndhayung para sakabat mau wus olehwatara loro utawa telung mil, weruh GustiYesus tindak napak ing banyu nyelaki praune,temahan padha wedi. 20Nanging tumulidipangandikani: “Iki Aku, aja padha wedi!”21Para sakabat banjur ngaturi Panjenenganeminggah ing prau, lan sanalika iku uga praunetekan ing dharatan kang kasedya.

Wong akeh padha nggoleki Gusti Yesus

6:22-5922Esuke wong akeh kang isih ana ing

sabranging sagara, padha sumurup yen ingkono ora ana prau maneh kajaba mung sijimau, mangka Gusti Yesus ora nitih barengkaro sakabate, mung para sakabat dhewekang mancal. 23Nanging tumuli ana prauliyane sawatara teka saka ing Tiberias ana ingsacedhake panggonan mangan roti sawuseGusti caos sokur mau. 24Bareng padha weruhyen Gusti Yesus ora ana ing kono dalah parasakabate, banjur iya padha nunggang prau,nusul menyang ing Kapernaum, nggoleki GustiYesus. 25Bareng wong-wong mau meruhiPanjenengane ana ing sabrange sagara, tumulipadha munjuk: “Rabbi, kala punapa anggenPaduka rawuh ing ngriki?” 26Gusti Yesusmangsuli pangandikane: “Satemen-temenepituturKu ing kowe, kowe padha nggoleki Aku

Page 414: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 6.27–33 29

iku ora awit kowe padha weruh pratandha,nanging marga wus padha mangan roti ngantiwareg. 27Padha tumindaka ing gawe, ajasupaya oleh pangan kang kena ing rusak,nanging supaya kang kena ing rusak, nangingsupaya oleh pangan kang bisa tahan tumekaing urip langgeng, kang bakal diparingakemarang kowe dening Putraning Manungsa,awit iya Panjenengane iku kang wus disahakekalawan dicap dening Sang Rama Allah.”28Wong-wong mau banjur padha munjuk:“Kawula kedah sami nglampahi punapasupados nindakaken padamelan ingkangkakarsakaken dening Allah?” 29Dhawuhwangsulane Gusti Yesus marang wong-wongmau: “Iki pagawean kang dikarsakake deningGusti Allah, yaiku supaya kowe padha pracayamarang kang kautus dening Allah.”30Unjuke wong-wong mau: “Pratandha

punapa ingkang Paduka tindakaken, supadoskawula saged sami ningali sarta lajeng pitadosdhateng Paduka? Paduka nglampahi pandamelpunapa? 31Para leluhur kawula sami nedhamana wonten ing ara-ara-samun, kadosingkang sampun kaseratan: Padha diparingiroti saka ing swarga.”32Pangandikane Gusti Yesus: “Satemen-

temene pituturKu marang kowe: Dudu NabiMusa kang maringi roti marang kowe sakaswarga iku, nanging RamaKu kang maringiroti sajati kang saka swarga marang kowekabeh. 33Awitdene roti kang saka Gusti Allahyaiku kang tumurun saka ing swarga sarta

Page 415: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 6.34–43 30

kang nguripi jagad.” 34Unjuke wong-wongmau: “Gusti, kawula mugi Paduka paringi rotipunika ing salaminipun!” 35PangandikaneGusti Yesus: “Aku iki roti panguripan; singsapa marani Aku, iku ora bakal luwe maneh,sarta sing sapa pracaya marang Aku, iku orabakal ngelak maneh. 36Nanging kowe wuspadha Daktuturi: Sanadyan kowe wus padhandeleng marang Aku, ewadene padha orapracaya. 37Kabeh kang diparingake marangAku dening Sang Rama, iku bakal padhamarani Aku. Sarta sapa kang marani Akuora bakal Daktampik. 38Sabab anggonKutumurun saka ing swarga iku ora supayanglakoni karepKu dhewe, nanging karsanekang ngutus Aku. 39Dene karsane Sang Ramakang ngutus Aku iku mangkene: Kabeh kangwus kaparingake marang Aku iku aja ngantiana kang ilang, nanging supaya Daktangeknabesuk ing wekasaning jaman. 40Sabab karsaneRamaKu iku, yaiku supaya saben wong kangndeleng lan pracaya marang Sang Putra, ikunduwenana urip langgeng, sarta supaya Akunangekna besuk ing wekasaning jaman.”41Wong-wong Yahudi banjur pating kedumel

ing bab Panjenengane, awit ana pangandikanemangkene: “Aku iki roti kang tumurun saka ingswarga.” 42Padha grenengan mangkene: “Apaiku dudu Yesus anake Yusuf? Aku rak padhawanuh karo bapa-biyunge? Kang iku kapriyekok duwe pangucap: Aku tumurun saka ingswarga?” 43Gusti Yesus banjur mangsulipangandikane: “Aja padha pating kedumel.

Page 416: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 6.44–54 3144Ora ana wong kang bisa marani Aku,

kajaba manawa digendeng dening Sang Ramakang ngutus Aku, amarga Aku kang bakalnangekake besuk ing wekasaning jaman.45 Ing kitabe para nabi ana tulisan mangkene:“Wong kabeh bakal kawulang dening Allah.”Mulane sok wonga kang wus ngrungokakesarta nampani piwulang saka Sang Rama,iku marani Aku. 46Kang mangkono iku oraateges ana wong kang wus weruh marangSang Rama. Mung kang pinangkane sakaing Allah iku kang wus ndeleng Sang Rama.47Satemen-temene pituturKu marang kowe:Sing sapa pracaya, iku nduweni urip langgeng.48Aku iki roti panguripan. 49Leluhurmu

padha mangan mana ana ing ara-ara-samun,nanging wis padha mati. 50 Iki roti kangtumurun saka ing swarga: Sing sapa manganiku, ora bakal mati. 51Aku iki roti kangurip, kang wus tumurun saka ing swarga.Manawa wong mangan roti iki, bakal uriping salawas-lawase. Anadene roti bakalpawewehKu yaiku dagingKu, kang bakalDakwenehake kanggo uripe jagad.”52Wong-wong Yahudi tumuli padha

bebantahan, pangucape: “Wong iku kapriyebisane menehake daginge supaya padhadakpangan?” 53Gusti Yesus ngandika marangwong-wong mau: “Satemen-temene pituturKumarang kowe. Manawa kowe ora mangandaginge Putrane Manungsa lan ora ngombegetihe mesthi ora padha kadunungan urip.54Sapa wong kang mangan dagingKu lan

Page 417: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 6.55–63 32

ngombe getihKu, iku nduweni urip langgeng,sarta Aku kang bakal nangekake besuk ingdina wekasaning jaman. 55Sabab dagingKuiku pangan kang sajati, lan getihKu ikuomben-omben kang sajati. 56Wong kangmangan dagingKu lan ngombe getihKu, ikudadi tetep ana ing Aku, lan Aku ana wongiku. 57Padha kaya Sang Rama kang gesangngutus Aku lan Aku urip dening Sang Rama,mangkono uga sing sapa mangan Aku iku iyabakal urip dening Aku. 58 Iki roti kang wustumurun saka ing swarga. Dudu roti kaya kangdipangan dening para leluhurmu, lan banjurwus padha mati. Sing sapa mangan roti ikibakal urip ing salawas-lawase.”59Anggone mangandikakake iku mau nalika

Gusti Yesus mulang ana ing papan pangibadahing Kapernaum.

Para siswa ing Galilea kang pada mundur

6:60-6660Para siswa bareng krungu kang mangkono

mau akeh kang padha ngucap mangkene:“Tetembungan iki keras temenan, kangbetah ngrungokake bae sapa?” 61GustiYesus mirsa sajroning panggalih manawasiswane padha ngedumel ing bab iku mau,banjur mangandikani: “Apa kowe padhakacenthok ing pituturKu iku mau? 62Kangiku kapriye saupama kowe padha weruhPutrane Manungsa sumengka menyangpadunungane kang dhisik? 63Roh iku kang

Page 418: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 6.64–71 33

nguripake, daging iku ora ana paedahe.Tembung kang Daktuturake marang kowe ikuroh lan urip. 64Nanging ana panunggalanmukang ora pracaya.” Pancen Gusti Yesus orakekilapan wiwit-wiwitan mula, sapa wongekang padha ora pracaya, lan kang bakalmasrahake Panjenengane. 65Panjenenganebanjur ngandika: “Mulane kowe wus padhaDakwarah mangkene: Ora ana wong kang bisamarani Aku kajaba manawa wus kaparinganwewenang saka Sang Rama.” 66Wiwit nalikaiku para siswane akeh kang padha mundur,wus ora ndherekake tindake maneh.

Pangakune Petrus

6:67-7167Kang iku Gusti Yesus ngandika marang

sakabat rolas: “Apa kowe ora padha areplunga uga?” 68Atur wangsulane SimonPetrus: “Gusti, ingkang kawula purugi sinten?Pangandika Paduka punika pangandikaninggesang langgeng. 69Saha kawula sampun samipitados tuwin sumerep, bilih Paduka punikaSang Suci kagunganing Allah.” 70PangandikaneGusti Yesus: “Rak Aku dhewe kang milihkowe wong rolas iki, nanging salah siji ingpanunggalanmu iku Iblis.” 71Anadene kangdipangandikakake mangkono iku Yudas anakeSimon Iskariot, marga iku panunggalanesakabat rolas, kang bakal ngulungake GustiYesus.

Page 419: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 7.1–9 34

Gusti Yesus tindak menyang Yerusalemngrawuhi riyaya Tancebing Tarub

7:1-13

71Sawuse mangkono Gusti Yesus lelanangideri ing tanah Galilea. Mulane ora

karsa terus ana ing tanah Yudea, awit wongYahudi padha ngarah sedane. 2Nalika ikungarepake riyayane wong Yahudi kangaran riyaya Tancebing Tarub. 3Kang ikusadherek Gusti Yesus padha matur marangPanjenengane: “Suwawi Panjenengan bidhaldhateng ing tanah Yudea, supados para muridPanjenengan inggih sami sageda ningalipandamel ingkang Panjenengan tindakaken.4Sabab sadaya tiyang ingkang ngangkahdados kawigatosanipun tiyang kathahpunika rak boten wonten ingkang tumindakkanthi sesidheman. Manawi Panjenengannglampahi pandamel makaten punika, suwawiPanjenengan ngedheng dhateng jagad.”5Sabab dalah para sadhereke iya padhaora pracaya marang Panjenengane. 6GustiYesus tumuli ngandika marang sadherekmau: “Durung tumeka ing wektuKu, nangingtumrape kowe kabeh tansah ana wektune.7 Jagad iku ora bisa sengit marang kowe,nanging Aku disengiti, amarga Aku nekseniyen panggawene jagad iku ala. 8Kowe padhamangkata nekani riyaya iku, Aku durungmangkat mrana, awit durung tumeka ingwektuKu.” 9Gusti Yesus sawuse ngandika

Page 420: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 7.10–18 35

mangkono banjur kantun ana ing tanahGalilea.10Nanging bareng para sadhereke wus

mangkat nekani riyaya mau, Panjenenganeiya tindak, nanging ora ngeblak, dadi kanthisesidheman. 11Nalika riyaya, wong-wongYahudi padha nggoleki Panjenenganecalathune: “Wonge ana ing ngendi?” 12Sartaing antarane wong akeh mau keprungurerasanan bab Panjenengane; ana kangngucap mangkene: “Iku wong becik.” Liyanemaneh: “Ora, iku nasarake wong akeh.”13Ewadene ora ana wong siji-sijia kang wanirembugan ngeblak bab Panjenengane, awitwedi marang wong Yahudi.

Paseksene Gusti Yesus tumrap sarirane

7:14-2414Bareng wus nengah-nengahi riyaya, Gusti

Yesus lumebet ing Padaleman Suci sartamemulang. 15Wong Yahudi padha kaeraman,pangucape: “Wong iku olehe kawruh kangkaya mangkono iku saka ing ngendi, deneora nganggo sinau!” 16Gusti Yesus mangsuli:“Piwulang iki dudu piwulangKu dhewe,nanging piwulange kang ngutus Aku. 17Sokwonga kang gelem nglakoni karsane, mesthibakal ngreti piwulangKu iki saka Allah,apa saka tetembunganKu dhewe. 18Wongkang rembuge saka karepe dhewe ikungarah kaluhurane dhewe. Nanging wongkang ngupaya kaluhurane kang ngutus, iku

Page 421: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 7.19–26 36

kang temen, sarta ora kadunungan cidra.19Apa dudu Nabi Musa kang ndhawuhakeangger-anggering Toret marang kowe?Nanging panunggalanmu ora ana siji-sijia kangngestokake angger-anggering Toret iku. Sababapadene kowe padha ngarah patiKu?” 20Aturwangsulane wong akeh: “Sampeyan punikakapanjingan dhemit. Ingkang ngangkah pejahsampeyan sinten?” 21Paring wangsulaneGusti Yesus marang wong-wong mau: “Mungana panggawe siji kang Daklakoni, mangkakowe kabeh padha gumun. 22Nabi Musandhawuhake pranatan tetak marang kowe;sabenere pranatan tetak iku ora saka NabiMusa, nanging saka para leluhur kita, laning dina Sabat kowe iya padha netaki wong.23Manawa wong ditetaki ing dina Sabat,supaya angger-anggere Nabi Musa aja ngantikaterak, apa kowe padha panas atimu marangAku, dene Aku marasake badan sakojur ingdina Sabat? 24Anggonmu ngukumi aja manutapa kang katon, nanging ngukumana kanthiadil.”

Padudon bab kawijilane Gusti Yesus

7:25-3625Wong Yerusalem sawatara padha ngucap:

“Apa dudu Wong iku kang diarah patine?26Lah kok kanthi saenake bae pangucape,sarta wong-wong ora padha madoni apa-apa.Apa kirane para panggedhe kita iya wusngreti manawa Dheweke iku Sang Kristus

Page 422: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 7.27–34 37

temenan? 27Nanging mungguh wong iku kitawus ngreti pinangkane. Mangka samangsaSang Kristus iku rawuh, ora ana kang weruhpinangkane.” 28Nalika Gusti Yesus memulangana ing Padaleman Suci, Panjenenganenguwuh mangkene: “Pancen kowe padhawanuh marang Aku, lan iya padha weruhpinangkaKu, nanging tekaKu ora saka karepKudhewe. Aku diutus dening Panjenengane kangasipat sayekti, kang kowe padha ora wanuh.29Aku kang wanuh, amarga wijilKu saka ingPanjenengane, lan iya iku kang ngutus Aku.”30 Ing kono wong-wong mau padha ngarah

nyekel Gusti Yesus, ewadene ora ana kangnganti nggepok sarirane, amarga durungtekan ing wektune.31Ananging ing antarane wong akeh iku akeh

kang padha pracaya marang Panjenenganesarta pangucape: “Manawa Sang Kristusrawuh, apa iya bakal nindakake mukjijatluwih akeh katimbang karo kang katindakakedening panjenengane iki?” 32Para wongFarisi tumuli padha krungu yen wong akehpadha grenengan kaya mangkono ing babPanjenengane, mulane para pangarepingimam lan para wong Farisi banjur padhakongkonan para tukang jaga Padaleman Sucidikon nyekel Panjenengane. 33Gusti Yesusbanjur ngandika: “Mung kari sawatara mangsaanggonKu ana ing antaramu, nuli Aku bakalsowan marang kang ngutus Aku. 34Kowebakal padha nggoleki Aku, nanging ora bakalketemu, sarta kowe padha ora bisa marani

Page 423: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 7.35–42 38

padununganKu.” 35Wong-wong Yahudi tumulipadha sapocapan: “Menyang ngendi ta paranewong kuwi, dene nganti aku ora padha bisanemokake? Apa arep marani wong kang padhangumbara ana ing antarane wong Yunani,arep memulang wong Yunani? 36Apa tegesetembung kang diucapake: Kowe bakal padhanggoleki Aku nanging ora bakal ketemu,sarta kowe ora bakal padha bisa maranipadununganKu?”

Banyu sumbering urip

7:37-4437Bareng dina wekasan yaiku nalika

gedhe-gedhening riyaya mau, Gusti Yesusjumeneng sarta nguwuh: “Sing sapa ngelak,iku maranana Aku lan ngombea! 38Singsapa pracaya marang Aku iku kaya wiraosekitab: Ilen-ilen banyu urip bakal padha milisaka ing batine!” 39Pangandikane mangkonoiku mau kang dikarsakake yaiku Roh, kangbakal ditampa dening wong-wong kang padhapracaya marang Panjenengane. Dene nalikasamana Roh Suci durung rawuh, amargaGusti Yesus durung kamulyakake. 40Wongakeh iku bareng krungu pangandika iku mau,ana sawatara kang banjur ngucap: “Nyatayen iku Kangjeng Nabi kang kita anti-anti.”41Liyane calathu: “Iku Sang Kristus.” Lanana maneh kang ngucap: “Dudu, wijile SangKristus iku ora saka ing Galilea! 42Amargamanut wirasane Kitab Suci wijile Sang Mesih

Page 424: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 7.43–52 39

iku mesthi saka trahe Sang Prabu Dawud.”43Temahane wong golongan padha diya-diniyabab ing ngatase Gusti Yesus. 44Sarta anapanunggalane sawatara kang padha arepnyekel Panjenengane, ewadene ora ana kangnganti wani nggepok sarirane.

Gusti Yesus kabela dening Nikodhemus

7:45-5245Wong jaga mau tumuli padha menyang

ing ngarsane para pangarepe imam lan parawong Farisi, sarta dipangandikani: “Kena apakok ora kokgawa?” 46Wangsulane wong-wongiku: “Salaminipun dereng nate wonten tiyangingkang wicanten kados tiyang punika!”47Wangsulane para wong Farisi marang parawong jaga mau: “Apa kowe iya wus padhadisasarake? 48Para panggedhe lan para wongFarisi apa ana kang pracaya marang wong iku?49Nanging wong akeh kae padha ora weruh ingToret, padha kena ing musibat.” 50Nikodhemussawijining wong panunggalane, kang biyenwus tau sowan Gusti Yesus, calathu:51 “Punapa angger-angger kita ngukum tiyang,saderengipun tiyang punika dipun priksa landipun yektosi pratingkahipun?” 52Kancanepadha mangsuli: “Panjenengan punapa inggihtiyang Galilea? Sumangga panjenengan priksaing salebeting Kitab Suci; temah panjenenganbadhe uninga balih boten wonten nabi ingkangrawuh saking tanah Galilea.”

Page 425: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 7.53–8.7 40

Wong wadon kang laku bandrek

7:53--8:1153Wong-wong iku mau banjur padha mulih

sowang-sowangan,

81nanging Gusti Yesus tindak menyang inggunung Zaitun.

2Bareng wayah bangun esuk Panjenenganerawuh maneh ing Padaleman Suci, lanrakyat kabeh padha sowan ing ngarsane,Panjenengane banjur lenggah mulangwong-wong iku. 3Para ulama lan para wongFarisi tumuli padha ngajokake wong wadonkang kacekel nalika laku bandrek marangngarsane. 4Wong-wong iku sawuse mapanakewong wadon mau ing tengah, banjur padhamunjuk marang Gusti Yesus: “Rabbi, tiyangestri punika kacepeng nalika saweg lampahbandrek. 5Wonten ing angger-anggeringToret Nabi Musa ndhawuhaken dhateng kita,supados tiyang-tiyang estri ingkang makatenpunika dipun benturana ing sela. Ingkangpunika menggah pamanggih Panjenengankadospundi?” 6Unjuke kang mangkono ikumung kanggo nyoba marang Panjenengane,supaya oleha jalaran anggone arep nggugat.Nanging Gusti Yesus tumungkul banjurnyerat ing lemah kalawan racikane. 7Barengolehe padha takon para wong Farisi iku orauwis-uwis, Panjenengane tumuli jumenengsarta ngandika: “Sapa bae panunggalanmukang tanpa dosa, iku miwitana mbenturi watu

Page 426: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 8.8–16 41

wong wadon iku.” 8Panjenengane banjurtumungkul maneh sarta nyerat ing lemah.9Ananging sawuse kang padha munjuk maukrungu pangandika kang kaya mangkono,tumuli padha lunga baka siji, wiwit sakakang tuwa dhewe. Wekasan mung kari GustiYesus piyambak karo wong wadon kang isihtetep ana ing kono iku. 10Gusti Yesus tumulijumeneng, sarta ngandika: “He, wong wadon,ana ngendi wong-wong mau? Apa ora anakang ngukum kowe?” 11Unjuke wong wadonmau: “Boten wonten, Gusti.” PangandikaneGusti Yesus: “Aku uga ora ngukum kowe.Lungaa, lan wiwit saiki aja gawe dosa maneh!”

Gusti Yesus iku pepadhanging jagad

8:12-2012Gusti Yesus paring dhawuh maneh marang

wong akeh: “Aku iki pepadhanging jagad;sing sapa ngetut-buri Aku, ora bakal lumakuana ing pepeteng, nanging bakal nduwenipadhanging urip.” 13Unjuke para wong Farisi:“Panjenengan nekseni sarira Panjenenganpiyambak, paseksen Panjenengan botensah.” 14Dhawuh wangsulane Gusti Yesus:“Sanadyan Aku nekseni awakKu dhewe,nanging paseksenKu iku nyata, amarga Akusumurup ing sangkan-paranKu. Nanging kowepadha ora sumurup sangkan-paranKu iku.15Anggonmu padha njeksani iku nganggoukuraning manungsa, Aku ora njeksani wongsiji-sijia, 16dene manawa Aku njeksani,

Page 427: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 8.17–23 42

anggonKu njeksani iku sabenere, amargaAku ora ijen, ananging Aku bebarengankaro Panjenengane kang ngutus Aku. 17Lansajroning Toretmu katulisan, yen paseksenewong loro iku sah. 18Aku kang neksenimungguh awakKu dhewe, lan uga Sang Ramakang ngutus Aku iya nekseni mungguh ingAku.” 19Wong mau oadha munjuk: “IngkangRama wonten ing pundi?” Paring wangsulaneGusti Yesus: “Kowe padha ora wanuh marangAku, lan iya ora wanuh marang RamaKu.Manawa kowe wanuh marang Aku, mesthi iyawanuh marang RamaKu.”20Pangandika iku mau kadhawuhake dening

Gusti Yesus nalika Panjenengane memulangana ing Padaleman Suci, sacedhake pethibet-amal, ewadene ora ana wong siji-sijiakang nyekel Panjenengane, amarga durungtumeka ing wektune.

Pinangkane Gusti Yesusora saka ing donya iki

8:21-2921Gusti Yesus tumuli ngandika maneh

marang wong akeh: “Aku iki bakal lunga,lan kowe bakal padha nggoleki Aku, nangingbakal padha mati sajroning dosamu. Ingngendi paranKu, kowe ora padha bisa mrana.”22Pangucape wong-wong Yahudi: “ApaDheweke iku arep ngendhat, dene kok duwepangucap: Ing ngendi paranKu, kowe padhaora bisa mrana?” 23Pangandikane Gusti Yesus:

Page 428: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 8.24–29 43

“Kowe iku pinangkamu saka ing ngisor, Aku ikisaka ing ngaluhur, kowe iku pinangkamu padhasaka ing donya iki, nanging Aku ora saka ingdonya iki. 24Mulane Aku mau tutur ing kowe,manawa kowe bakal padha mati sajroningdosamu. Amarga manawa kowe padha orangandel yen Aku iki Panjenengane, wus mesthikowe bakal padha mati ing sajroning dosamu.”25 Ing kono pangucape wong-wong mau:“Panjenengan punika sinten?” PangandikaneGusti Yesus: “Apa gunane rembugan manehkaro kowe kabeh? 26Akeh prakara kang preluDaktuturake mungguh ing kowe lan akeh ugakang kudu Dakukumake tumrap kowe kabeh;nanging kang ngutus Aku bener, apa kangDakrungu saka Panjenengane, yaiku kangDakwarahake marang jagad.” 27Wong-wongkang kadhawuhan iku ora nggraita manawakang kadhawuhake iku Sang Rama. 28Kangiku Gusti Yesus ngandika: “besuk samasakowe wus nyengkakake Putraning Manungsa,tumuli kowe lagi bakal padha sumurup yenAku iki Panjenengane, sarta ora nglakoniapa-apa saka karepKu dhewe, nanging apakang Dakwarahake iku miturut kaya anggonKuwus diwulang dening RamaKu. 29Kang ngutusAku iku nunggil karo Aku. Sang Rama ora nilarAku ijen, awit Aku tansah nglakoni kang dadikeparenge.”

Page 429: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 8.30–37 44

Keyekten marganing kamardikan

8:30-3630Bareng Gusti Yesus ngandika bab iku

mau kabeh, akeh wong kang padha pracayamarang Panjenengane. 31Gusti Yesus banjurngandika marang wong-wong Yahudi kangpadha pracaya, dhawuhe: “Manawa kowepadha ngantepi ing pituturKu, kowe sanyatapadha dadi siswaKu, 32 sarta bakal padhamangreti ing kayekten, lan kayekten ikubakal mardikakake kowe.” 33Wong-wongtumuli padha mangsuli: “Kula sami tedhak-turunipun Rama Abraham, lan dereng natengawula dhateng sok tiyanga; kadospundikok Panjenengan ngandika: Kowe bakalpadha mardika?” 34Gusti Yesus mangsulipangandikane: “Satemen-temene pituturKumarang kowe: Sing sapa nglakoni dosa ikudadi bature dosa. 35Anadene mungguh baturiku ora tetep pamanggone ana ing omah,nanging Putra iku tetep pamanggone. 36Kangiku manawa Sang Putra wus mardikakakekowe, kowe iya padha mardika temenan.”

Tedhak-turune Rama Abrahamkang wijile ora saka ing Allah

8:37-4737 “Aku wus weruh manawa kowe iku padha

tedhak-turune Rama Abraham, nanging kowepadha ngarah mateni Aku, awit pituturKu

Page 430: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 8.38–44 45

ora oleh papan ana ing kowe. 38Apa kangwus Dakdeleng ana ing RamaKu, iya iku kangDakucapake. Mangkono uga kowe, padhanglakoni apa kang kokrungu saka bapakmu.”39Wong Yahudi padha mangsuli unjuke: “Bapakula inggih Rama Abraham.” PangandikaneGusti Yesus: “Manawa kowe padha dadiputrane Rama Abraham kowe mesthi padhanglakoni apa kang katindakake dening RamaAbraham. 40Nanging kang koktindakakeyaiku ngarah mateni Aku, wong kang wusnglairake kayekten marang kowe, iya iku kangwus Dakrungu saka Gusti Allah; panggawekang kaya mangkono iku ora katindakakedening Rama Abraham. 41Kowe kabeh padhanglakoni paggawene bapakmu dhewe.”Unjuke wong-wong mau: “Lair kula punikaboten saking bedhang, kula sami gadhahRama satunggal inggih punika Gusti Allah.”42Pangandikane Gusti Yesus: “Manawa GustiAllah iku Ramamu, kowe mesthi padha tresnamarang Aku, awit wijilKu lan tekaKu iku sakaing Allah. Apa maneh tekaKu iku iya ora sakakarepKu dhewe, nanging Panjenengane kangngutus Aku. 43Sabab apa kowe padha oramangreti tembungKu? Iku awit kowe padhaora bisa nyandhak pituturKu. 44Bapakmuiku Iblis, lan kowe padha seneng nglakonikasenengane bapakmu iku. Dheweke daditukang mateni wong wiwit wiwitan mula, sartaora ngandhemi ing kayekten, awit kayekten ikuora dumunung ing dheweke. Samasa dhewekengucapake goroh, pangucape iku saka wateke

Page 431: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 8.45–53 46

dhewe, amarga dheweke iku tukang gorohlan bapakne sakabehing goroh. 45Nangingsarehne Aku iki mituturake kayekten, mulaneora kokandel. 46Sapa panunggalanmu kangmbuktekake manawa Aku tumindak dosa?Manawa Aku mituturake kayekten, sabab apakowe padha ora pracaya marang Aku? 47Wongkang wijile saka Allah iku mesthi ngrungokakepangandikaning Allah. Mulane kowe ora padhangrungokake, awit asalmu iku ora saka ingAllah.”

Gusti Yesus wus ana sadurungeRama Abraham dumadi

8:48-5948Wong Yahudi padha mangsuli: “Rak ya

bener, ta, kandhaku yen kowe iku wongSamaria kang kapanjingan dhemit?” 49Paringwangsulane Gusti Yesus: “Aku ora kapanjingandhemit, nanging Aku ngluhurake RamaKusarta kowe ora padha ngajeni Aku. 50NangingAku ora ngudi marang kaluhuranKu: Anasiji kang ngupaya lan Panjenengane iku ugakang ngadili. 51Satemene pituturKu marangkowe: Sapa kang netepi ing pituturKu ikubakal ora ngalami pati ing salawas-lawase.”52Pangucape wong-wong Yahudi: “Saiki akupadha weruh yen Kowe iku kranjingan dhemit.Rama Abraham seda para nabi mangkonouga, mangka Kowe iku kok duwe pangucap:Sapa wong kang netepi ing pituturKu, bakalora ngalami pati ing salawas-lawase. 53Kowe

Page 432: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 8.54–9.2 47

apa ngungkuli leluhurku Rama Abrahamkang wus seda! Para nabi iya padha seda.Kowe iku ngaku-aku sapa ta?” 54Gusti Yesusmangsuli: “Manawa Aku ngluhurake awakKudhewe, kaluhuranKu iku ora ana gunanesathithik-thithika. Kang ngluhurake Aku ikuRamaKu, iya iku kang koksebut Allahmu.55Mangka kowe padha ora wanuh marangPanjenengane, nanging Aku kang wanuh.Saupama Aku munia yen ora wanuh, Aku dadiwong goroh padha kaya kowe. Nanging Akuwanuh marang Panjenengane, sarta netepi ingpangandikane. 56Rama Abraham leluhurmurena panggalihe dene bakal nguninganiing dinaKu, lan iya wus nguningani sartandadekake bingahe.” 57Pangucape wongYahudi sabanjure: “UmurMu durung ngantiseket taun, kapriye anggonMu wus weruhRama Abraham?” 58Paring wangsulane GustiYesus: “Satemen-temene pituturKu marangkowe: Sadurunge Rama Abraham dumadi, Akuwus ana.” 59 Ing kono wong-wong banjur padhanjupuki watu, arep mbenturi Panjenengane;nanging Panjenengane ngoncati, sarta nilarPadaleman Suci.

Wong wuta wiwit lair mula

9:1-41

91Nalika Gusti Yesus langkung, mirsa wongkang wuta wiwit lair mula. 2Para sakabate

banjur munjuk pitakon marang Panjenengane:“Rabbi, sinten ingkang damel dosa, tiyang

Page 433: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 9.3–12 48

punika piyambak punapa tiyang sepuhipun,dene ngantos lairipun wuta makaten?” 3Paringwangsulane Gusti Yesus: “Dudu wong iki, laniya dudu wong tuwane, nanging iku supayapakaryan-pakaryane Gusti Allah kalairna anaing wong iku. 4Aku kudu padha nglakoniayahane Panjenengane kang ngutus Akumumpung isih awan. Wayah bengi bakal teka,wayahe wong ora bisa nglakoni pagawean.5Sasuwene Aku ana ing donya, Aku dadipepadhanging jagad.” 6Sawuse ngandikamangkono, tumuli kecoh ing lemah. Kecohmau digawe luluhan lemah banjur dileletakeing mripate wong kang wuta mau. 7Banjurdipangandikani: “Lungaa, adusa menyang ingblumbang padusan ing Siloam.” Siloam tegese“Kang diutus”. Wonge tumuli mangkat lanadus; baline wus bisa ndeleng.8Tangga-tanggane lan wong-wong kang

maune weruh anggone papriman banjur padhangucap: “Apa wong iku dudu kang adatepapriman?” 9Ana kang mangsuli: “Beneriya iku wonge.” Ana maneh kang calathu:“Dudu, mung madha rupa bae.” Wonge dhewebanjur calathu: “Leres, inggih kula punikatiyangipun.” 10Tumuli ditakoni: “Kapriyemripatmu bisane melek?” 11Wangsulane:“Tiyang nama Yesus damel luluhan siti, lajengdipun leletaken ing mripat kula; kula tumuntendipun dhawuhi: Lungaa menyang padusaning Siloam, adusa! Kula lajeng mangkat, lansasampunipun adus tumunten saged ningalipunika.” 12Wong-wong mau takon maneh:

Page 434: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 9.13–21 49

“Ana ing ngendi Dheweke?” Wangsulane kangditakoni: “Kula boten sumerep.”13Wong kang maune wuta mau banjur

diirid menyang ngarsane para wong Farisi.14Anadene anggone Gusti Yesus damelluluhan lemah lan ngelekake mripate wongwuta mau pinuju dina Sabat. 15Para wongFarisi tumuli iya ndangu marang wong mau,kapriye bisane melek. Ature kang kadangu:“Mripat kula dipun leleti luluhan siti, kulalajeng adus, samangke kula saged ningali.”16Sawenehing para wong Farisi mau tumulingandika: “Wong kae ora saka ing Allah,awit ora netepi dina Sabat.” Liyane ana kangpadha ngandika: “Wong kang nandhang dosakapriye bisane gawe mukjijat kang kayamangkono iku?” Temahan padha diyadiniya.17Para wong Farisi banjur padha ngandikamaneh marang wong kang maune wuta iku:“Panganggepmu marang wong iku kapriye,rehne kowe kang dielekake mripatmu?” Aturekang didangu: “Panjenenganipun punika nabi.”18Anadene wong-wong Yahudi iku padhaora ngandel yen dheweke maune wuta lanlagi bae bisa ndeleng maneh, nganti padhanimbali wong tuwane, 19 sarta didangu: “Apaiki anakmu kang kokkandhakake yen wutawiwit lair mula iku? Yen mangkono kapriyedene kok saiki bisa ndeleng?” 20Wangsulanewong tuwane mau: “Kula sami sumerep bilihpunika anak kula, saha wuta wiwit lair mila,21nanging kadospundi dene sapunika sagedningali, kula sami boten sumerep. Utawi sinten

Page 435: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 9.22–29 50

ingkang ngelekaken mripatipun, kula inggihsami boten sumerep. Anak kula sampundiwasa, panjenengan dangu piyambak,piyambakipun saged ngaturaken prakawisbadanipun piyambak.” 22Ature wong tuwanekang kaya mangkono iku awit padha wedimarang wong Yahudi, marga wong Yahudiwus padha sarujuk, samasa ana wong kangngakoni Panjenengane iku Sang Kristus, bakaldisebratake. 23Mulane wong tuwane maupadha matur: “Anak kula sampun diwasa,panjenengan dangu piyambak.”24Wong kang maune wuta iku banjur

diundang kang kaping pindhone, sartadiaturi: “Kowe ngurmatana Allah; akupadha sumurup manawa kae wong dosa.”25Wangsulane wong mau: “Tiyang punikapunapa tiyang dosa, kula boten sumerep,namung saprakawis ingkang kula mangretosi,inggih punika suwaunipun kula wuta, sapunikasaged ningali.” 26Pitakone maneh: “Kowedikapakake? Anggone ngelekake mripatmukapriye patrape?” 27Wangsulane wong mau:“Kula sampun matur dhateng panjenengan lanpanjenengan boten midhangetaken. Punapaadene panjenengan badhe midhangetakenmalih? Punapa panjenengan inggih kapengindados muridipun?” 28Wong mau tumulidipisuhi, pangucape: “Kowe iku muride,nanging aku kabeh iki murid-muride NabiMusa. 29Aku padha sumurup yen Gusti Allahwus ndhawuhake pangandika marang NabiMusa. Nanging mungguh wong kae aku

Page 436: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 9.30–39 51

padha ora weruh pinangkane.” 30Wong mautumuli mangsuli: “Lah, punika rak aneh,dene panjenengan malah boten sami mirsapinangkanipun, mangka Panjenenganipunsampun ngelekaken mripat kula. 31Kula samisumerep, bilih Gusti Allah punika mesthi botennyembadani dhateng tiyang dosa, nangingtiyang-tiyang mursid sarta ingkang nglampahikarsanipun, punika ingkang dipun sembadani.32Salaminipun dereng nate kapireng bilihwonten tiyang ingkang saged ngelekakenmripatipun tiyang wuta lair mila. 33Tiyangpunika manawi boten saking Allah, mesthiboten saged nindakaken punapa-punapa.”34Wangsulane wong-wong iku: “Kowe ikukalairake sajrone dosa babar pisan, kok arepmulang aku?” Temahan wong iku katundhung.35Gusti Yesus mireng manawa wong kang

maune wuta mau wus katundhung. BArengPanjenengane kepranggul wong mau banjurdipangandikani: “Apa kowe pracaya marangPutraning Manungsa?” 36Unjuke: “Sintenpunika Gusti, supados kawula pitadosdhateng Panjenenganipun?” 37PangandikaneGusti Yesus: “Kowe ora mung wus weruhPanjenengane bae, nanging Panjenenganekang lagi sapocapan karo kowe, yaikuPanjenengane.” 38Kang kapangandikananmunjuk: “Kawula pitados, Gusti.” Dhewekebanjur sumungkem sujud marang Gusti Yesus.39Pangandikane Gusti Yesus: “TekaKu ingjagad iki arep ngadili, supaya wong kang ora

Page 437: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 9.40–10.6 52

ndeleng padha bisa ndeleng, lan kang ndelengpadha dadia wuta.”40Pangandika iku kaprungu dening wong

Farisi sawatara kang lagi ana ing kono, wongiku tumuli padha munjuk: “Kula punika punapainggih sami wuta?” 41Pangandikane GustiYesus: “Manawa kowe wutaa, mesthi padhaora duwe dosa. Nanging sarehne saiki kowepadha kandha: Aku padha ndeleng, dadi tetepdosamu.”

Pangon kang utama

10:1-21

101 “Satemen-temene pituturKu marangkowe: Sapa kang mlebu ing kandhang

wedhus ora metu ing lawang, nanging meneking tembok, iku maling utawa rampog;2balik kang lumebune metu ing lawang, ikupangone wedhus. 3 Iku kang diwengani deningkang tunggu lawang sarta wedhus-wedhusepadha nilingake swarane lan dheweke tumulingundangi wedhus-wedhuse manut jenengedhewe-dhewe sarta banjur digiring metu.4Manawa wedhuse iku wus diwetokake kabeh,dheweke lumaku ing ngarep lan wedhusepadha ngetut-buri, marga wedhus-wedhusmau niteni swarane. 5Nanging wong liyamesthi ora ditutburi, malah ditinggal mlayu,marga wedhus-wedhus iku ora wanuh marangswarane wong-wong liyane.”6Pasemon iku dipangandikakake dening

Gusti Yesus marang wong-wong mau,

Page 438: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 10.7–16 53

nanging padha ora ngreti tegese pangandikaiku. 7Gusti Yesus tumuli ngandika maneh:“Satemen-temene pituturKu marang kowe:Iya Aku iki lawange wedhus-wedhus iku.8Sakehe wong kang tekane sadurunge Aku,iku maling lan rampog, lan wedhus-wedhus ikuora padha ngrungokake marang wong-wongiku. 9Aku iki lawange; sapa kang lumebunemetu ing Aku, iku bakal kapitulungan rahayu,sarta bakal lumebu lan metu, apadene bakalnemu pangonan. 10Maling iku tekane mungarep nyolong lan nyembeleh sarta nyirnakake;Aku iki teka supaya wedhus-wedhus padhaduwea urip , kanthi kaluberan.11 Iya Aku iki pangon kang utama. Pangon

kang utama iku ngetohake nyawane kanggowedhus-wedhuse, 12nanging mungguh buruhkang dudu pangon sarta dudu kang duwewedhus-wedhus iku dhewe, samasa weruh anaasu ajag teka, wedhuse ditinggal mlayu, temahasu ajag iku nubruki lan mbuyarake wedhuse.13Anggone lumayu iku jalaran mung buruh,lan ora gumati marang wedhus-wedhuseiku. 14Aku iki pangon kang utama sartaAku niteni kang dadi wedhus-wedhusKu lanwedhus-wedhusKu padha wanuh marang Aku15kayadene Sang Rama anggone tepangmarang Aku sarta Aku wanuh marang SangRama, sarta Aku ngetohake nyawaKu kanggowedhus-wedhusKu. 16Aku isih duwe wedhusliyane maneh, kang ora saka ing kandhangkene; wedhus-wedhus iku iya prelu Dakgiringuga, lan bakal padha ngrungokake swaraKu

Page 439: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 10.17–25 54

sarta bakal dadi pepanthan siji, pangonsiji. 17Sang Rama ngasihi Aku, jalaran Akungulungake nyawaKu supaya Daktampanimaneh. 18Ora ana wong siji bae kang ngrebutnyawaKu, nanging Dakulungake miturutsakarepKu dhewe. Aku kuwasa ngulungake,lan kuwasa ngukup maneh. Dhawuh iki kangDaktampa saka RamaKu.”19Marga saka pangandika kang mangkono

iku tumuli tuwuh pasulayan maneh antaranewong-wong Yahudi. Panunggalane akeh kangduwe pangucap mangkene: 20 “Wong ikukapanjingan dhemit sarta owah; yagene padhakokrungokake?” 21Ana liyane kang calathu:“Iku rak dudu tembunge wong kranjingandhemit; apa dhemit bisa ngelekake mripatewong-wong wuta?”

Gusti Yesus katampik dening wong Yahudi

10:22-3922Ora antara lawas, ing Yerusalem pinuju

riyaya Pambangune Padaleman Suci; nalikasamana mbeneri mangsa bedhidhing. 23GustiYesus tindak-tindak ana ing PadalemanSuci, ing bangsal Suleman. 24 Ing konowong-wong Yahudi banjur padha ngrubungPanjenengane lan padha munjuk: “Ngantospinten dangunipun anggen Panjenengandamel mangu-mangunipun manah kula?Manawi Panjenengan punika Sang Kristus,Panjenengan blakakaken dhateng kulasadaya.” 25Paring wangsulane Gusti Yesus:

Page 440: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 10.26–34 55

“Kowe wus padha Daktuturi nanging padhaora pracaya; panggawe kang Daklakoni atasasmane RamaKu, iku kang padha neksenimungguhing Aku, 26nanging kowe padha orapracaya, amarga kowe dudu panunggalanewedhus-wedhusKu. 27Wedhus-wedhusKupadha nilingake swaraKu, sarta Aku wanuhmarang wedhus-wedhusKu, lan wedhus-wedhusKu padha ngetut-buri Aku, 28apadenepadha Dakwenehi urip langgeng, lan dhewekemesthi ora bakal padha nemu karusakansalawas-lawase lan ora bakal ana wongkang ngrebut wedhus-wedhus iku sakaing tanganKu. 29RamaKu kang maringakewedhus-wedhus iki marang tanganKu, ikukaluhurane ngungkuli samubarang kabeh, lanora ana kang bisa ngrebut wedhus-wedhusmau saka ing astane RamaKu. 30Aku lan SangRama iku siji.”’31Wong Yahudi tumuli njupuki watu maneh,

arep kanggo mbenturi Panjenengane.32Pangandikane Gusti Yesus: “Wus akehpanggawe utama kang saka RamaKu kangDaktuduhake marang kowe. Panggawe ikumau endi kang dadi jalarane kowe arep padhambenturi watu marang Aku?” 33Wangsulanewong-wong Yahudi: “Anggonku arep mbenturiKowe iku ora marga panggawe kang utama,nanging marga anggonMu nyenyamahmarang Gusti Allah, iya iku amarga Koweiku manungsa kok madhakake awakMukaro Gusti Allah.” 34Gusti Yesus mangsuli:“Ing Toretmu apa ora katulisan mangkene:

Page 441: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 10.35–42 56

Ingsun wus ngandika: Sira kabeh iku allah.35Manawa wong kang padha kadhawuhanpangandikaning Allah iku diarani allah --mangka Kitab Suci iku ora kena dibatalake --36kapriye dene wong sesengkeraning Allahkang diutus marani jagad, kok kokcalathoni:Kowe nyenyamah Gusti Allah. Apa marga anatuturKu: Aku iki Putraning Allah? 37SaupamaAku ora nglakoni pakaryaning RamaKu, ajapracaya marang Aku. 38Nanging manawa Akunglakoni iku mau, mangka kowe padha oragelem pracaya marang Aku, padha pracayaamarang pakaryan-pakaryan iku supaya kowepadha sumurup lan pracaya yen Sang Ramaana ing Aku lan Aku ana ing Sang Rama.”39Wong Yahudi tumuli ngarah arep nyekel

Gusti Yesus maneh, nanging Panjenenganengoncati.

Gusti Yesus tindak menyangsabrange bengawan Yarden

10:40-4240Gusti Yesus tumuli tindak menyang ing

sabrange bengawan Yarden maneh, ingpanggonane Nabi Yokanan miwiti mbaptisi,banjur lereb ana ing kono. 41Lan akeh wongkang sowan marang ing ngarsane sartapadha rasanan: “Sanadyan Nabi Yokanan oradamel pratandha apa-apa, nanging kabehkang dipangandikakake dening Nabi Yokanantumrap wong iku, iku nyata.” 42Lan sabanjure

Page 442: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 11.1–9 57

akeh wong ing kono kang padha manjingpracaya marang Panjenengane.

Lazarus katangekake

11:1-44

111Nuli ana sawijining wong kang lagilara, jenenge Lazarus, omahe ing

Betania, ing desane Maryam lan Martasadulure wadon. 2Dene Maryam iya iku wongwadon kang wus tau njebadi sampeyaneGusti kalawan lenga wangi, sarta banjurdiusapi nganggo rambute. 3Anadene Lazaruskang lagi lara iku sadulure. Wong wadonloro iku banjur padha kongkonan munjukmarang Gusti Yesus, mangkene: “Gusti,tiyang ingkang Paduka tresnani punika sakit.”4Gusti Yesus bareng miyarsa kabar iku banjurngandika: “Larane iku ora ndadekake patine,nanging bakal mbabarake kaluhuraningAllah, awit marga saka larane iku PutraningAllah bakal kaluhurake.” 5Anadene Marta lanmbakyune tuwin Lazarus iku, pancen padhaditresnani dening Gusti Yesus. 6Nangingsawuse miyarsa yen Lazarus lara, Gusti Yesusnemaha kendel rong dina maneh ana ingpalerebane. 7Ewadene sawuse mangkonobanjur ngandika marang para sakabate:“Payo padha bali menyang tanah Yudeamaneh.” 8Unjuke para sakabat: “Rabbi, sawegkemawon tiyang Yahudi sami nyobi mbenturisela Paduka, punapa Paduka taksih karsatindak mrika malih?” 9Paring wangsulane

Page 443: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 11.10–21 58

Gusti Yesus: “Sadina iku apa ora rolas jam?Sapa kang lumaku ing wayah awan, mesthiora kesandhung, marga ndeleng padhangejagad iki. 10Nanging manawa wong lumakuing wayah bengi, mesthi kesandhung, amargaora kadunungan padhang.” 11Mangkonopangandikane, tumuli disambeti maneh:“Lazarus sadulur kita lagi turu, anggonKumrana prelu arep nggugah anggone turu.”12Para sakabate banjur munjuk: “Gustimanawi piyambakipun tilem, badhe saras.”13Nanging karsane Gusti Yesus turu kangateges mati. Dene panyanane para sakabatkang kapangandikakake turu iku turutemenan. 14Marga saka iku Gusti Yesustumuli ngandika sabarese: “Lazarus wusmati. 15Nanging sokur dene nalika iku Akuora ana ing kana, kang mangkono iku luwihbecik tumrap kowe, supaya kowe padhabisa sinau pracaya. Payo, saiki kita padhamarani dheweke.” 16Banjur Tomas, kang karanDhidhimus, kandha marang kanca-kancanepara sakabat: “Payo, kita padha bela patiPanjenengane.”17Sarawuhe Gusti Yesus, Lazarus tinemu

wus dikubur patang dina. 18Desa Betania ikudununge cedhak karo kutha Yerusalem, dohewatara rong mil. 19Anadene wong Yahudi wusakeh kang padha teka ing omahe Marta lanMaryam prelu nglipur anggone kesripahansadulure. 20Nalika Marta krungu yen GustiYesus rawuh, tumuli methuk, nanging Maryamkari ana ing omah. 21Marta banjur munjuk

Page 444: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 11.22–32 59

marang Gusti Yesus: “Gusti, manawi Padukawonten ing ngriki, sadherek kawula mesthiboten pejah. 22Nanging sapunika ugi, kawulamangretos, bilih punapa ingkang Padukasuwun dhateng Gusti Allah, Gusti Allah mesthibadhe nyembadani.” 23Pangandikane GustiYesus: “Sadulurmu bakal tangi maneh.”24Unjuke Marta: “Kawula inggih mangretosbilih badhe tangi benjing ing dinten patangen,ing wekasaning jaman.” 25Gusti Yesus tumulingandika: “Iya Aku iki patangen lan kauripan.Sing sapa pracaya marang Aku bakal urip,sanadyan wus mati. 26Lan sok wonga kangurip sarta pracaya marang Aku, iku orabakal mati ing salawas-lawase. Kowe apapracaya marang iku?” 27Unjuke Marta:“Inggih Gusti, kawula sampun pitados bilihPaduka punika Sang Kristus, Putraning Allah,ingkang pinasthi rawuh ing jagad.” 28Sawusemunjuk mangkono, Marta banjur mundurngundang Maryam sadulure, lan mbisikimangkene: “Guru wus rawuh, nimbali kowe.”29Maryam bareng krungu banjur mak nyatngadeg marani Gusti Yesus. 30Nalika ikuGusti Yesus durung lumebet ing desa, isihana ing papan nalika Marta methuk mau.31Bareng wong-wong Yahudi kang padha anaing omah karo Maryam prelu nglipur weruhMaryam mak nyat ngadeg sarta metu, tumulipadha ngetutake, dikira yen Maryam arepmenyang kuburan, nanging ana ing kono.32Satekane Maryam ing panggonane GustiYesus, bareng weruh marang Panjenengane,

Page 445: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 11.33–42 60

banjur nyungkemi sampeyane sarta munjuk:“Gusti, upami Paduka wonten ing ngriki,sadherek kawula mesthi boten saestu pejah.”33Bareng Gusti Yesus pirsa Maryam nangis,

mangkono uga wong Yahudi kang padhangetutake, temah rengu ing panggalih.Panjenengane trenyuh banget lan tumulingandika: 34 “Anggonmu ngubur ana ingngendi?” Kang kadangu banjur munjuk:“Sumangga Gusti, kawula aturi mirsani!”35Gusti Yesus muwun. 36Calathune wong-wong Yahudi: “Delengen, samono anggonengasihi!” 37Nanging ana saweneh kang muni:“Panjenengane kang wis ngelekake mripatewong wuta, apa iya ora bisa murungakepatine wong iki?” 38Gusti Yesus tumulirengu maneh sajroning panggalih, banjurnyelaki kuburan, kang adhapur guwa ditutupiwatu. 39Pangandikane Gusti Yesus: “Watunesingkirna!” Marta, sadulure kang ngajal mau,munjuk: “Gusti, sampun mambet, amargianggenipun pejah sampun sakawan dinten.”40Pangandikane Gusti Yesus: “Apa Akuora wus tutur marang kowe: Angger kowepracaya mesthi bakal weruh kamulyaningAllah?” 41Watune tumuli disingkirake. GustiYesus banjur tumenga sarta matur: “DhuhRama, Kawula saos sokur dhumateng Paduka,dene Paduka sampun nyembadani dhatengKawula. 42Kawula sumerep, bilih Padukatansah nyembadani dhateng Kawula. Nangingunjuk Kawula makaten punika margi tiyangkathah samu ngrubung Kawula, supados sami

Page 446: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 11.43–50 61

pitados bilih Paduka ingkang ngutus Kawula.”43Sawuse matur mangkono tumuli nguwuhkalawan swara sora: “Lazarus, metua!”44Kang mati banjur metu, tangan lan sikileisih kablebed ing ules, lan raine katutupan ingkacu. Pangandikane Gusti Yesus: “Uculanaulese, kareben lunga!”

Pirembugan anggonearep nyedani Gusti Yesus

11:45-57Mt 26:1-5 Mk 14:1-2 Lk 22:1-2

45Wong-wong Yahudi kang nglayad menyangomahe Maryam lan meruhi pandamele GustiYesus mau, akeh kang manjing pracayamarang Panjenengane. 46Nanging anasaweneh kang padha nemoni para wongFarisi, banjur martakake pandamele GustiYesus mau. 47Para pangarepe imam lan parawong Farisi tumuli padha ngaturi marepatpradataning agama, banjur padha rembuganmangkene: “Punapa ingkang kedah kitatindakaken, jalaran Tiyang punika damelmukjijat kathah? 48Manawi makaten punikadipun uja, mesthi sadaya tiyang sami pitados,dhateng Piyambakipun, sarta kita lajeng samikalurugan tiyang Rum sami ngrebat papansuci kita dalah bangsa kita pisan.” 49Nangingsawijining panunggalane, iya iku kang asmaKayafas, kang jumeneng imam agung ingtaun iku, banjur ngandika: “Panjenengan koksami boten mangretos punapa-punapa, 50 lan

Page 447: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 11.51–57 62

boten sami nggalih bilih langkung maedahitumrap panjenengan, manawi wonten tiyangsatunggal pejah kangge tiyang kathah,tinimbang tiyang sabangsa sadaya tiwas.”51Anadene pangandika kang mangkono ikuora tumuwuh saka panggalihe piyambak,nanging marga jumeneng imam agung ingtaun iku, dadine medhar pameca, yen GustiYesus bakal nglampahi seda kanggo bangsaiku, 52 lan ora ngemungake kanggo bangsaiku bae, malah uga supaya putraning Allahkang pating slebar padha dikumpulna dadi siji.53Wiwit ing dina iku para warganing pradatamau padha sarujuk bakal nyedani Gusti Yesus.54Marga saka iku Gusti Yesus wus ora

ngedheng maneh ana ing antarane wong-wongYahudi, sarta banjur tedhak saka ing konomenyang tanah sacedhake pasamunan njujuging kutha kang aran Efraim, banjur lereb anaing kono karo para sakabate.55Nalika samana Paskahe wong Yahudi wus

cedhak, lan wong-wong ing kutha kono akehkang padha menyang ing Yerusalem, areppadha sesuci, sadurunge Paskah iku. 56Wong-wong mau padha nggoleki Gusti Yesus, sartakalawan ngadeg ana ing Padaleman Suci,padha sapocapan: “Pandugamu kapriye, apakirane Dheweke ora bakal nekani riyaya?”57Anadene para pangarepe imam lan parawong Farisi wus padha ndhawuhake prentah,manawa ana wong kang weruh panggonane,tumuli ngaturana uninga supaya kenaakacepeng.

Page 448: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 12.1–9 63

Maryam njebadi sarirane Gusti Yesus

12:1-11Mt 26:6-13 Mk 14:3-9

121Nalika Paskah kurang nem dina,Gusti Yesus rawuh ing Betania

panggonane Lazarus kang wus ditangekakesaka ing antarane wong mati. 2Ana ing konoPanjenengane kasugata dhahar lan Martangladeni, dene Lazarus iku panunggalanekang ndherek kembulan karo Gusti Yesus.3Maryam banjur njupuk lenga jebad naredtulen kang akeh ajine, bobote satengah kati,banjur dijebadake ing sampeyane Gusti Yesus,tumuli diusapi kalawan rambute. Ing sajroningomah kabeh kongsi kebak gandane jebadmau. 4Nanging sawijining sakabate GustiYesus kang aran Yudas Iskariot, kang bakalngulungake Panjenengane, banjur ngucap:5 “Yagene lenga jebad iku ora diedol telungatus dinar, banjur didanakake marang parawong miskin?” 6Ujare kang mangkono iku oramarga dheweke iku mikirake wong miskin,nanging awit ambeke culika, dheweke kerepnylingkuhake dhuwit kang dicekel. 7GustiYesus tumuli ngandika: “Nengna bae dheweketumindak mangkono, iku kacadhangakekanggo ing dinane anggonKu kakubur. 8Awitwong-wong miskin iku salawase ana ing kowe,nanging Aku iki anaKu ing kowe ora salawase.”9Anadene akeh wong Yahudi kang krungu

warta, manawa Gusti Yesus ana ing kono

Page 449: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 12.10–16 64

lan padha teka ora mung marga saka GustiYesus bae, ananging uga padha arep ndelengLazarus, kang wus ditangekake saka ingantarane wong mati. 10Para pangarepe imamtumuli padha pirembugan, sumedya mateniLazarus pisan, 11 sabab marga saka Lazarusiku wong Yahudi akeh kang padha nyingkurmarang para pangarepe imam, lan pracayamarang Gusti Yesus.

Gusti Yesus diarak rawuh ing Yerusalem

12:12-19Mt 21:1-11 Mk 11:1-10 Lk 19:28-38

12Esuke bareng wong akeh kang padha tekamahargya riyaya krungu warta, manawa GustiYesus isih ana ing dalan arep tindak menyangYerusalem, 13wong-wong iku banjur padhanjupuki papahe wit palem, tumuli metu padhamethukake Panjenengane, kambi surak-surak:“Hosana!Binerkahana Panjenenganipun ingkang

rawuh atas asmanipun Pangeran,Ratunipun Israel!”

14Gusti Yesus banjur manggih kuldi isihbelo, tumuli dititihi, nocogi kang katulisanmangkene:15 “He, putri Sion, sira aja wedi,lah, tontonen Ratunira rawuh,nitih beloning kuldi.”

16Para sakabate Gusti Yesus ing wiwitanora nyandhak marang prakara iku, nangingsawise Gusti Yesus kaluhurake, lagi padha

Page 450: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 12.17–24 65

kelingan, yen nas iku kagem Panjenengane lanmanawa bab iku wus katindakake uga kagemPanjenengane.17Anadene wong akeh kang ndherekake

Panjenengane nalika nimbali Lazarus metusaka ing kubur lan nangekake saka ingantarane wong mati, padha nekseni ingbab Panjenengane. 18Mulane Panjenenganedipethuk dening wong akeh iku, marga padhakrungu warta, manawa Panjenengane kangnindakake mukjijat iku. 19Para wong Farisibanjur padha sapocapan: “Kowe wus padhaweruh dhewe, yen kowe padha ora oleh gawebabar pisan; tontonen, wong sajagad kabehpadha ngetut-buri Dheweke.”

Gusti Yesus mratelakake bab sedane

12:20-3620 Ing antarane wong-wong kang nekani

riyaya arep sembahyang iku, ana wong Yunanisawatara. 21Wong-wong iku padha maraniFilipus, kang saka ing Betsaida tanah Galilea,padha calathu marang dheweke: “Kisanak,kula sami kapengin badhe sowan manggihiGusti Yesus.” 22Filipus tumuli lunga ngandhaniAndreas; Filipus karo Andreas tumuli padhalunga munjuk marang Gusti Yesus. 23AnangingGusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Wustekan wektune Putrane Manungsa kaluhurake.24Satemen-temene pituturKu marang kowe:Manawa wiji gandum ora tumiba ing lemah,lan mati, mesthi tetep saelas bae; nanging

Page 451: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 12.25–34 66

manawa wiji iku mati, bakal metokake wohakeh. 25Sapa kang nresnani nyawane, ikubakal kelangan nyawane, nanging sapa kangora nresnani nyawane ana ing donya iki,iku kang bakal ngrumati nyawane kanggourip kang langgeng. 26Sapa kang ngawulamarang Aku, padha ngetut-buria Aku laning ngendi padunungananKu, kawulaKu iyabakal ana ing kono uga. Sing sapa ngawulaAku, dheweke bakal diajeni dening SangRama. 27Saiki nyawaKu trenyuh. Lan Akubakal matur apa? Dhuh, Rama, Paduka mugingluwari Kawula saking wekdal punika?Ora, awit iya iku prelune anggonKu tekaing wektu iki. 28Dhuh Rama, Paduka mugingluhuraken asma Paduka!” Tumuli ana swarasaka ing swarga: “Wus Ingsun luhurake,lan bakal Ingsun luhurahe maneh!” 29Wongakeh kang padha ngadeg ana ing kono lankrungu swara mau padha ngarani, yen ikumau swaraning gludhug. Saweneh ana kangngucap: “Iku malaekat kang imbal pangandikakaro Panjenengane.” Gusti Yesus tumulingandika: 30 “Anane swara mau kaprungu oramarga saka Aku, nanging marga saka kowe.31Samengko ana pangadilan ing ngatasejagad iki: Samengko uga panggedhene jagadiki bakal kabuwang metu; 32dene Aku, samasawus kasengkakake saka ing bumi, Aku bakalnggendeng sakabehing wong supaya padharumaket marang Aku.” 33Pangandikane kangmangkono iku kanggo mratelakake patrapbakal sedane. 34Wong akeh tumuli mangsuli:

Page 452: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 12.35–38 67

“Pamireng kula saking angger-anggeringToret, Sang Kristus punika badhe tetepgesang ing salami-laminipun; kadospundidene Panjenengan ngandika, bilih PutraningManungsa pinasthi kasengkakaken? MenggahPutranipun Manungsa punika sinten?” 35GustiYesus tumuli ngandika: “Pepadhang ikuana ing kowe mung kari sagebyaran bae.Sasuwene pepadhang iku ana ing kowe,pracayaa marang dheweke, supaya koweaja nganti kesaput ing pepeteng, sing sapalumaku ana ing pepeteng, iku ora weruhmenyang ngendi parane. 36Mumpung kowepadha kanggonan pepadhang, padha pracayaamarang pepadhang iku, supaya kowe padhadadia ahlining pepadhang.”Sawuse ngandika mangkono, Gusti Yesus

tumuli tindak asingidan.

Wong kang wangkot lan kangpracayane ora dilairake

12:37-4337Sanadyan Gusti Yesus wus nindakake

mukjijat samono akehe ana ngarepewong-wong iku, ewadene padha ora pracayamarang Panjenengane, 38 supaya kayektenanapamedhar wangsite Nabi Yesaya, mangkene:“Dhuh, Pangeran, sinten ingkang pitados

dhateng pawartos kawula?Punapa dene sinten ingkang kawedharan

asta panguwaosing Pangeran?”

Page 453: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 12.39–47 6839Marga saka iku mulane wong-wong padhaora pracaya, jalaran Nabi Yesaya wus ngandikauga mangkene:40 “Panjenengane wus padha micakake

mripate lan mangkalake atine, supayaaja padha nganti ndeleng sarana mripatelan mangreti sarana atine, temah padhamratobat sarta Sunwarasake.”

41Bab iki dipangandikakake dening NabiYesaya marga wus ningali kamulyane sartawus mangandikakake bab Panjenengane.42Suprandene akeh uga para panggedhe

kang padha pracaya marang Gusti Yesus,nanging marga saka para wong Farisi,pracayane mau ora kanthi blak-blakan, supayaaja nganti disebratake. 43Awitdene padhaluwih seneng marang kaurmatan kang sakamanungsa tinimbang karo kaurmatan kangsaka ing Gusti Allah.

Pitutur kang ngadili

12:44-5044Nanging Gusti Yesus banjur nguwuh

pangandikane: “Sing sapa pracaya marangAku, iku ora pracaya marang Aku, nangingpracaya marang Panjenengane kang ngutusAku. 45Sarta sing sapa nyawang Aku, ikunyawang Panjenengane kang ngutus Aku.46Aku wus teka ing jagad dadi pepadhang,supaya sok wonga kang pracaya marang Aku,aja tetep ana ing pepeteng. 47Lan manawawong ngrungokake pituturKu, nanging ora

Page 454: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 12.48–13.3 69

nindakake, Aku ora dadi hakime, awitdenetekaKu iki ora supaya ngadili jagad, nangingmitulungi rahayu. 48Sing sapa nampikAku, lan ora nampani pituturKu, iku wusana kang ngadili, yaiku pitutur kang wusDakwedharake, iku kang bakal ngadili besuking dina wekasan. 49Awit Aku mituturi ikuora saka Aku dhewe, nanging saka SangRama kang ngutus Aku; Panjenengane ikukang paring dhawuh marang Aku, supayangandhakake apa kang kudu Daktuturake lankang Dakterusake. 50Lan Aku sumurup, yendhawuhe iku urip kang langgeng. Dadine apakang Dakkandhakake iku anggonKu nglairakekaya kang didhawuhake dening Sang Ramamarang Aku.”

Gusti Yesus ngwijiki sikile para sakabat

13:1-20

131Anadene sadurunge riyaya Paskah,Gusti Yesu wus mirsa, manawa wus

tekan ing titi-mangsane anggone bakal tindaksaka ing donya iki sowan marang ing ngarsaneSang Rama. Padha kayadene Panjenenganeanggone tansah ngasihi marang parakagungane kang ana ing donya, mangkonouga saiki Panjenengane anggone ngasihi ikunganti tumeka ing wekasane. 2Nalika GustiYesus karo para sakabate padha bujana, Ibliswus ngosikake pangrantam ana ing sajroningatine Yudas Iskariot, anake Simon, arepmitenah Gusti Yesus. 3Gusti Yesus mirsa, yen

Page 455: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 13.4–12 70

Sang Rama wus masrahake samubarang kabehmarang Panjenengane sarta yen Panjenenganeiku pinangkane saka ing Allah, lan wangsulmarang Allah. 4Gusti Yesus banjur jumenengsarta lukar pangageman lan mundhut lawonbanjur diubetake ing sarirane, 5 tumuli ngesokbanyu ing pawisuhan, sarta wiwit ngwijikisikile para sakabate lan kausapan kalawanlawon kang kaubetake ing sarirane mau.6Sarawuhe ing panggonane Simon Petrus,Petrus tumuli munjuk: “Gusti Paduka badhengwijiki suku kawula?” 7Paring wangsulaneGusti Yesus: “Apa kang Daktindakake, saikikowe durung nyandhak tegese, nangingbesuk kowe bakal mangreti.” 8Unjuke Petrus:“Paduka sampun ngantos ngwijiki suku kawulaing salami-laminipun.” Gusti Yesus mangsulipangandikane: “Manawa Aku ora ngwisuhikowe, kowe ora nduweni panduman anaing Aku.” 9Unjuke Simon Petrus: “Gusti,sampun ngamungaken suku kawula kemawon,nanging dalah tangan saha sirah pisan.”10Pangandikane Gusti Yesus: “Wong kang wusadus, ora susah adus maneh, cukup mungwisuh sikil bae, awit badane sakojur wus resik.Mangkono uga kowe iku wus resik, mung baeora kabeh.” 11Awit Gusti Yesus mirsa sapakang bakal ngulungake sarirane. Marga sakaiku Panjenengane ngandika: “Kowe iku orakabeh resik.”12Sawuse Gusti Yesus ngwijiki sikile para

sakabat mau, banjur ngrasuk pangagemanemaneh lan wangsul lenggah sarta ngandika:

Page 456: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 13.13–20 71

“Apa kowe padha ngreti tegese panggaweKumarang kowe iku mau? 13Kowe padha nyebutAku Guru lan Gusti, lan panyebutmu iku wusbener, awit Aku iki pancen Guru lan Gusti.14Dadi manawa Aku iki kang dadi Gusti lanGurumu wus ngwisuhi sikilmu, dadi koweiya padha kuwajiban wisuh-winisuhan sikil.15Awit Aku wus menehi tuladha marangkowe, supaya kowe kabeh uga nindakakekaya kang wus Daktindakake marang kowe.16Satemen-temene pituturKu marang kowe:Sawijining abdi iku ora ngungkuli bendarane,utawa sawijining utusan iya ora ngungkulikang ngutus. 17Manawa kowe padha sumurupprakara iki kabeh, rahayu kowe, manawa kowekabeh padha nglakoni.18PituturKu iki ora tumrap kowe kabeh:

Aku weruh, sapa kang wus Dakpiji. Nangingkudu kayektenan tulisan kang mangkenesurasane: Tiyang ingkang tumut nendharoti Kawula, punika sampun ngagagakensukunipun dhateng Kawula. 19Samengko kowepadha Daktuturi sadurunge bab iku kalakon,supaya manawa bab iku kalakon, kowe padhapracaya, yen iya Aku iki Panjenengane.20Satemen-temene pituturKu marang kowe:Sing sapa nampani wong kang Dakutus, ikunampani Aku, lan sapa kang nampani Aku, ikunampani Panjenengane kang ngutus Aku.”

Page 457: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 13.21–28 72

Gusti Yesus paring pitedah sapa kangbakal ngulungake Panjenengane

13:21-30Mt 26:21-25 Mk 14:18-21 Lk 22:21-23

21Sawuse Gusti Yesus ngandika mangkono,Panjenengane banget trenyuh ing galih,sarta banjur paring paseksen mangkene:“Satemen-temene pituturKu marang kowe:Wong siji panunggalanmu bakal ngulungakeAku.” 22Para sakabat tumuli padha pandeng-pandengan, kanthi melang-melang, sapa kangdipangandikake iku. 23Sawijining sakabate, iyaiku sakabat kang dikasihi dening Gusti Yesus,lungguh sendhen sandhing Panjenengane, ingsisih tengene, 24 iku disasmitani dening SimonPetrus sarta dicalathoni: “Nyuwuna pirsa sapakang dipangandikakake iku.” 25Sakabat kanglungguh cedhak Gusti Yesus mau tumuli nolehsarta matur marang Gusti Yesus: “Gusti,sinten tiyangipun?” 26Paring wangsulaneGusti Yesus: “Wonge iya iku kang bakalDakwenehi roti sawuse Dakcelupake.” Sawusengandika mangkono, banjur mundhut rotisarta kacelupake tumuli kaparingake marangYudas anake Simon Iskariot. 27Lan sawusenampani roti iku, Yudas tumuli kapanjinganIblis. Gusti Yesus tumuli ngandika marangdheweke: “Apa kang dadi sedyamu ikuenggal tindakna!” 28Ananging ora ana wongsiji-sijia ing antarane para sakabat kang padhakembulan iku kang mangreti, apa karsane

Page 458: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 13.29–35 73

Gusti Yesus ngandika mangkono marangYudas iku. 29Sarehne Yudas kang nyekel kas,ana kang duwe pangira manawa Gusti Yesusngutus Yudas tuku apa-apa kang prelu kanggoriyaya iku, utawa didhawuhi dedana marangwong miskin. 30Yudas nampani roti iku banjurenggal-enggal lunga. Nalika iku wayahe wiswengi.

Pepakon anyar

13:31-3531Sawuse Yudas lunga, Gusti Yesus banjur

ngandika: “Samengko Putraning Manungsakaluhurake sarta Gusti Allah kaluhurake anaing sarirane. 32Manawa Gusti Allah kaluhurakeana ing sarirane, Gusti Allah iya bakalngluhurake Panjenengane ana ing sariranepiyambak, malah Panjenengane bakal tumulikaluhurake. 33He, anak-anakuKu, anggonKutunggal karo kowe mung kari sadhela. Kowebakal padha nggoleki Aku, kayadene anggonKuwus tutur marang wong Yahudi: Ing ngendiparanKu, kowe ora bakal padha bisa mrana,saiki Aku iya pitutur mangkono marang kowe.34Kowe padha Dakwenehi pepakon anyar, iya

iku supaya kowe padha tresna-tinresnanana:dikaya anggonKu wus tresna marang kowe,kowe iya padha tresna-tinresnanana uga.35Kanthi mangkono saben wong bakal padhaweruh, yen kowe padha dadi siswaKu, yaikumanawa kowe padha tresna-tinresnan.”

Page 459: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 13.36–14.3 74

Gusti Yesus paringpepenget marang Petrus

13:36-38Mt 26:31-35 Mk 14:27-31 Lk 22:31-34

36Simon Petrus tumuli munjuk: “Gusti,Paduka tindak dhateng pundi?” Paringwangsulane Gusti Yesus: “Menyang ngendiparanKu kowe ora bisa melu Aku saiki,nanging besuk kowe bakal padha nusul Aku.”37Unjuke Petrus: “Gusti, punapaa kawulaboten saged ndherek Paduka samangke?Kawula badhe ngetohaken nyawa kawulakagem Paduka.” 38Paring wangsulane GustiYesus: “Nyawamu bakal koketohake kanggoAku? Satemen-temene pituturKu marangkowe: Sadurunge jago kluruk, kowe wusnyelaki Aku ambal ping telu.”

Daleme Sang Rama

14:1-14

141 “Atimu aja melang-melang; padhakumandela ing Allah; iya kumandela

ing Aku uga. 2 Ing daleme RamaKu akehpanggonan. Manawa ora mangkono, kowerak mesthi wis padha Dakkandhani. AwitAku mrana prelu nyawisake papan marangkowe. 3Dene manawa Aku wus mrana lanwus nyawisake papan kanggo kowe, tumuliAku bakal bali lan ngajak kowe menyang ingpapan padununganKu, supaya ing ngendi

Page 460: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 14.4–11 75

padununganKu, kowe iya padha anaa ing konouga.4Lan menyang ngendi paranKu, kowe iya

padha sumurup dalane mrana.” 5Tomastumuli munjuk: “Gusti, kawula botensumerep dhateng pundi tindak Paduka,dados kadospundi anggen kawula sumerepmarginipun mrika?” 6Pangandikane GustiYesus: “Aku iki dalane, sarta jatine kayektenlan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kangbisa sowan marang Sang Rama, manawa orametu ing Aku. 7Manawa kowe padha wanuhamarang Aku, mesthi kowe kabeh iya wanuhmarang RamaKu. Wiwit saiki kowe padhawanuh marang Panjenengane sarta wus padhandeleng marang Panjenengane.”8Unjuke Filipus: “Gusti, kawula mugi sami

Paduka tedahi Sang Rama punika, supadoskawula sadaya sami marem.” 9PangandikaneGusti Yesus: “Wus samono lawase anggonKununggal karo kowe kabeh, Filipus, nangingkowe kok ora wanuh marang Aku? Singsapa wus ndeleng Aku, iku wus ndelengSang Rama; kapriye dene kowe kandha:Kawula muga sami Paduka tedahi SangRama? 10Apa kowe ora ngandel yen Aku ikiana ing Sang Rama lan Sang Rama ana ingAku? Apa kang Daktuturake marang koweiku, ora Dakucapake saka karepKu dhewe,nanging Sang Rama, kang dumunung anaing Aku, Panjenengane iku kang nindakakepandamele. 11Padha ngandela marang Aku,yen Aku ana ing Sang Rama lan Sang Rama

Page 461: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 14.12–19 76

ana ing Aku; utawa saora-orane, padhangandela, marga saka pandamel-pandameliku. 12Satemen-temene pituturKu marangkowe: Sing sapa pracaya marang Aku, ikubakal nindakake uga panggawe-panggawekang Daklakoni, malah panggawe-panggawekang kluwih wigati katimbang karo iku. AwitAku lunga menyang ing ngarsane RamaKu;13 lan apa bae kang koksuwun atas sakajenengKu, Aku bakal ngleksanani, supayaSang Rama kaluhurna ana ing Sang Putra.14Manawa kowe padha nyuwun apa-apamarang Aku atas saka jenengKu, iku Aku kangbakal ngleksanani.”

Gusti Yesus njanjekakeSang Juru Panglipur

14:15-3115 “Manawa kowe padha trena marang Aku,

padha netepana pepakonKu, 16Aku bakalnyuwun marang Sang Rama, nuli kowebakal padha diparingi Sang Juru Panglipurliyane, supaya Panjenengane nunggala karokowe, 17 iya iku Rohing Kayekten. Jagadora bisa nampani Panjenengane, amargajagad ora nyumurupi lan ora wanuh karoPanjenengane, nanging kowe padha wanuhmarang Panjenengane, amarga Panjenenganenunggil karo kowe lan bakal dedalem ana ingkowe.18Kowe ora bakal Daktinggal lola, Aku bakal

mbaleni kowe. 19Kurang sadhela lan jagad

Page 462: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 14.20–26 77

ora bakal ndeleng Aku maneh, nanging kowendeleng Aku, awit Aku urip, lan kowe iyabakal urip. 20 Ing wektu iku kowe bakal padhanyumurupi, yen Aku ana ing RamaKu lan kowepadha ana ing Aku, tuwin Aku ana ing kowe.21Sing sapa nggondheli pepakonKu kalawan

ditetepi, iya iku kang tresna marang Aku.Lan sing sapa tresna marang Aku, iku bakaldikasihi dening RamaKu sarta iya bakalDakkasihi sarta Aku bakal nglairake sariraKumarang wong iku.” 22Yudas, dudu si Iskariot,tumuli munjuk marang Gusti Yesus: “Gusti,sababipun punapa dene paduka badhenglairaken sarira Paduka dhateng kawulasadaya, lan boten dhateng jagad?” 23GustiYesus mangsuli, pangandikane: “Manawa anawong kang tresna marang Aku, iku bakalnetepi ing pituturKu sarta bakal dikasihidening RamaKu lan Aku karo Sang Rama bakalpadha ngrawuhi sarta makuwon ana ing wongiku. 24Sing sapa ora tresna marang Aku, ikuora netepi ing pituturKu; lan pituturKu kangkokrungu iku ora saka Aku, nanging saka SangRama kang ngutus Aku.25Kabeh iku mau Dakwarahake marang

kowe, mumpung Aku isih nunggal karo kowe;26nanging Sang Juru Panglipur, iya iku SangRoh Suci, kang bakal diutus dening SangRama atas saka jenengKu, iku kang bakalmulangake samubarang kabeh marang kowesarta bakal ngelingake kowe sabarang kangwus Dakwulangake marang kowe.

Page 463: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 14.27–15.4 7827Kowe padha Daktinggali tentrem-rahayu.

Tentrem-rahayuKu Dakwenehake marangkowe, lan apa kang Dakwenehake iku orakaya pawewehe jagad marang kowe. Atimuaja melang-melang lan aja giris. 28Kowe wuspadha krungu, yen Aku wus kandha marangkowe: Aku lunga, nanging bakal nekani kowemaneh. Manawa kowe tresna marang Aku,kowe mesthi padha bungah dene Aku lungamenyang ngarsane Sang Rama, sabab SangRama iku ngluwihi Aku. 29Lan saiki uga kowepadha Daktuturi sadurunge bab iku kalakon,supaya samangsa kalakon, kowe padhapracaya. 30Aku ora rembugan akeh manehkaro kowe, awit panggedhene jagad iki tekalan iku ora duwe wewenang sathithik-thithikaing ngatase Aku. 31Nanging supaya jagadsumrupa, yen Aku tresna marang Sang Ramasarta manawa Aku nglakoni samubarangkabeh kang didhawuhake Sang Rama marangAku, mara ngadega, ayo padha lunga saka ingkene.”

Wit anggur kang sajati

15:1-8

151 “Aku iki wit anggur kang sajati,sarta RamaKu iku kang among tani.

2Saben pang kang ana ing Aku kang orametu wohe, dipagas lan kang metu wohe,diresiki, supaya mundhaka akeh wohe. 3Koweiku wus padha resik awit saka pitutur kangwus Dakwulangake marang kowe. 4Kowe

Page 464: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 15.5–10 79

tetepa dumunung ing Aku lan Aku anaing kowe. Padha kaya pang ora bisa metuwohe saka awake dhewe, manawa ora tetepdumunung ana ing wit anggur, mangkonouga kowe ora bisa metokake woh manawaora tetep dumunung ana ing Aku. 5Aku ikiwite anggur lan kowe pang-pange. Sing sapatetep dumunung ana ing Aku, lan Aku anaing dheweke, iku kang metu wohe akeh,awit manawa tanpa Aku, kowe padha orabisa tumindak apa-apa. 6Sing sapa ora tetepdumunung ana ing Aku, iku dibuwang metukaya pang mau, temah dadi garing, tumulipadha dikukupi lan banjur dicemplungakeing geni, sarta diobong. 7Manawa kowepadha tetep dumunung ana ing Aku lanpituturKu tetep dumunung ana ing kowe,padha nyenyuwuna apa bae kang kokkarepakemesthi bakal katurutan. 8Kang dadi marganeRamaKu kaluhurake, yaiku manawa kowepadha metokake woh akeh; sarta margasaka mangkono kowe padha tetela yen dadisiswaKu.”

Dhawuh supaya padha tresna-tinresnan

15:9-179 “Kaya Sang Rama wus ngasihi Aku,

mangkono uga Aku iya wus ngasihi kowe;padha tetepa dumunung ing sihKu iku.10Manawa kowe netepi pepakonKu, kowemesthi padha tetep dumunung ing sihKu,

Page 465: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 15.11–18 80

padha kaya anggonKu wus netepi dhawuheRamaKu lan tetep dumunung ing sihe.11Kabeh iku Daktuturake marang kowe,

supaya kabungahanKu dumununga ingkowe lan kabungahanmu dadia sampurna.12PapakonKu iku mangkene, iya iku supayakowe padha tresna-tinresnanana, dikayaanggonKu wus nresnani kowe. 13Oraana katresnan kang gedhene ngluwihikatresnaning wong kang ngetohake nyawanekanggo nglabuhi mitra-mitrane. 14Koweiku mitraKu, manawa kowe padha nglakonipepakonKu marang kowe. 15Aku ora ngaraniabdi maneh marang kowe, sabab abdi iku orasumurup marang panggawene bendarane,nanging kowe wus padha Dakarani mitra,jalaran sabarang kang wus Dakrungu sakaRamaKu, iku wus Daksumurupake kabehmarang kowe. 16Dudu kowe kang padha milihAku, nanging Aku kang milih kowe. SartaAku wus netepake, supaya kowe padha lungalan metokake woh lan wohmu iku lestaria,dimen kowe padha kajurungana apa kangkoksuwun marang Sang Rama atas sakajenengKu. 17 Iki pepakonKu marang kowe:Padha tresna-tinresnanana.”

Sengite jagad marang GustiYesus lan para sakabate

15:18-2718 “Manawa kowe padha disengiti dening

jagad, wruhanamu yen Aku wus disengiti

Page 466: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 15.19–26 81

sadurunge kowe. 19Saupama pinangkamusaka ing jagad, mesthi jagad tresna marangkowe awit dadi duweke, nanging sarehnepinangkamu ora saka ing jagad, malah Akuwus milihi kowe saka ing jagad, mulane jagadsengit marang kowe. 20Padha elinga marangpitutur kang wus Dakwulangake marangkowe: Kang jeneng abdi iku ora ngungkulibendarane. Manawa Aku iki wus dikaniaya,kowe iya mesthi bakal dikaniaya; manawaiku padha netepi dhawuhKu, mesthi iyanetepi pituturmu. 21Nanging iku kabeh bakalkatandukake marang kowe marga saka Aku,awit padha ora wanuh marang Panjenenganekang ngutus Aku. 22Saupama Aku ora teka lanora mituturi wong-wong iku, mesthi ora padhagawe dosa. Nanging saiki wong-wong iku oraduwe alasan ing bab dosane. 23Sing sapasengit marang Aku, iya sengit marang RamaKuuga. 24Saupama Aku ora nindakake panggaweana ing antarane kang durung tau ditindakakedening wong liya, mesthi ora padha dosa.Nanging saiki sanadyan wus padha weruhmarang iku kabeh, ewadene iya padha sengitmarang Aku lan marang RamaKu. 25Nangingkang mangkono iku supaya kayektenanapangandika kang katulisan ing kitab Toretsurasane: Tiyang-tiyang punika sami sengitdhateng Kawula tanpa sabab.26Manawa Sang Juru Panglipur kang bakal

Dakutus saka Sang Rama rawuh, iya ikuRohing kayekten kang miyos saka SangRama, iku bakal nekseni bab ing ngatase Aku.

Page 467: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 15.27–16.7 8227Ananging kowe iya kudu padha dadi seksi,marga kowe padha nunggal karo Aku wiwitwiwitan mula.”

Tetep setya

16:1-4a

161 “Kabeh iku Daktuturake marang kowe,supaya kowe aja padha kacuwan lan

nampik marang Aku. 2Kowe bakal padhadisebratake, malah bakal tumeka ing wektunesaben wong kang mateni kowe, padharumangsa yen saos pangabekti marang GustiAllah. 3Wong-wong iku tumindak mangkono,awit ora padha wanuh marang Sang Rama lanuga ora wanuh marang Aku. 4Nanging kabehiki Daktuturake marang kowe, supaya manawatekan ing titimangsane kowe padha eling, yenkowe wus padha Dakkandhani.”

Pakaryane Sang Juru Panglipur

16:4b-15(16-4b) “Prakara iki ora Daktuturake marang

kowe saka wiwitan mula, awit nganti saiki Akuisih tetunggalan karo kowe, 5nanging saiki Akulunga menyang ing ngarsane Panjenenganekang wus ngutus Aku, lan panunggalanmuora ana kang takon marang Aku: Padukatindak dhateng pundi? 6Ananging marga kowepadha Dakkandhani bab iku mau, temah atimusedhih. 7Nanging kang Dakpituturake marangkowe iki bener: Luwih maedahi marang

Page 468: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 16.8–15 83

kowe, manawa Aku lunga. Jalaran manawaAku ora lunga, Sang Juru Panglipur iku orabakal ngrawuhi kowe, nanging manawa Akulunga, Sang Juru Panglipur Dakutus marangkowe. 8Dene iku sarawuhe, bakal ngyakinakemarang jagad bab dosa, bab kayekten, lan babpangadilan; 9bab dosa, amarga padha tetepora pracaya marang Aku. 10Bab kayekten, awitAku lunga marang ing ngarsane Sang Ramalan kowe padha ora ndeleng Aku maneh;11bab pangandilan, amarga panggedhenejagad iki wus diadili.12 Isih akeh prakara kang prelu Daktuturake

marang kowe, nanging saiki kowe durung bisanggayuh. 13Nanging yen Sang Juru Panglipuriku rawuh, iya iku Rohing Kayekten, iku bakalnuntun kowe marang kayekten sasampurnane.Awit mungguh pamangsite iku ora bakal sakakarsane piyambak, nanging sapamirengeiku kang bakal diwangsitake sarta kowebakal diwartani bab-bab kang bakal kalakon.14Panjenengane bakal ngluhurake Aku,amarga bakal martosake marang kowe apakang katampi saka Aku. 15Apa sakagunganeSang Rama, iku iya duwekKu; mulane Akupitutur: Sang Juru Panglipur bakal martosakemarang kowe apa kang wus katampi sakaAku.”

Page 469: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 16.16–22 84

Kasusahan sadurunge menang

16:16-3316 “Mung kari sadhela kowe nuli bakal ora

padha ndeleng marang Aku. Lan sadhelaengkas banjur bakal padha ndeleng Akumaneh.” 17Krungu kang kaya mangkonoiku sakabate ana sawatara kang tumulipadha rasanan: “Apa ta tegese pangandikanemarang aku: Kari sadhela nuli kowe padha orandeleng marang Aku, sadhela engkas banjurpadha ndeleng Aku maneh? Lan maneh:Aku lunga menyang ngarsane Sang Rama?”18Pangucape: “Apa ta tegese pangandika:Mung kari sadhela? Aku padha ora ngreti apakang dipangandikakake iku.” 19Gusti Yesusmirsa, yen para sakabate padha sumedyamunjuk miterang marang Panjenengane,banjur ngandika: “Kowe apa padha rasananbab pituturKu mau: Mung kari sadhela nulikowe padha ora ndeleng Aku lan sadhelaengkas banjur bakal padha ndeleng Akumaneh? 20Satemen-temene Aku pituturing kowe: Kowe bakal padha nangis lansesambat, nanging jagad bakal bungah;kowe bakal padha nandhang susah, nangingkasusahanmu bakal salin dadi kabungahan.21Mungguh wong wadon samasa lagi nglarani,iku ngrasakake susah, nanging samasa wusnglairake bayine, wus ora kelingan manehmarang larane, marga saka bungahe dene anamanungsa kalairake ing donya. 22Mangkono

Page 470: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 16.23–30 85

uga kowe samengko iya padha nandhangsusah, nanging Aku bakal nemoni kowe manehtemahan bakal padha bungah atimu lanora ana wong siji-sijia kang bisa ngilangakekabungahnmu iku. 23Lan ing dina iku kowe orabakal padha miterang apa-apa marang Aku.Satemen-temene pituturKu marang kowe:Sabarang kang koksuwun marang Sang Rama,iku bakal kaparingake atas jenengKu. 24Ngantisaprene kowe durung tau nyuwun apa-apaatas saka jenengKu. Padha nyenyuwuna,kowe mesthi bakal padha kaparingan supayasampurnaa kabungahanmu.25PituturKu marang kowe iku mau kabhe

adhapur pasemon. Bakal ana wektuneanggonKu mituturi kowe ora adhapur pasemonmaneh, nanging sabarese bae anggonKumartani kowe mungguh Sang Rama. 26 Ingdina iku kowe bakal padha nyenyuwun atassaka jenengKu. Lan ora Daktuturake marangkowe, yen Aku kang bakal nyuwunake kowemarang Sang Rama, 27awitdene Sang Ramapiyambak ngasihi kowe, marga kowe wuspadha tresna marang Aku, lan pracaya yenAku iki pinangkane saka ing Allah. 28Aku mijilsaka Sang Rama, lan wus teka ing donya; Akuninggal donya maneh sarta bali menyang ingngarsane Sang Rama.”29Unjuke para sakabate: “Lah, sapunika

pangandika Paduka sabaresipun kemawon,sampun boten adhapur pasemon. 30Sapunikakawula sami sumerep, bilih Paduka mirsasamukawis lan boten susah tiyang munjuk

Page 471: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 16.31–17.3 86

pitaken dhateng Paduka. Pramila kawulasami pitados, bilih pinangka Paduka punikasaking Gusti Allah.” 31Paring wangsulaneGusti Yesus: “Apa kowe saiki padha pracaya?32Lah, bakal tumeka ing titi-mangsane malahiya wus tumeka, kowe padha kabuyarakeing sapara-paranmu dhewe-dhewe, lan Akukoktinggal ijen. Ananging Aku ora ijen amargaSang Rama nunggil karo Aku. 33AnggonKumulangake iku mau kabeh marang kowe iku,supaya kowe padha oleha tentrem-rayahu anaing Aku. Ana ing donya kowe padha nandhangpanganiaya, nanging padha diteteg atimu, Akuwus ngalahake donya.”

Gusti Yesus ndongakake para sakabate

17:1-26

171Kaya mangkono mau pangandikaneGusti Yesus. Panjenengane banjur

tumenga marang langit sarta matur: “DhuhRama, sampun dumugi ing wancinipun;mugi Putra Paduka kaluhurna, supados PutraPaduka ngluhuraken Paduka. 2Kadosdeneanggen Paduka sampun maringi panguwaosdhateng Piyambakipun mengku sawarniningagesang, makaten ugi Piyambakipun inggihbadhe nyukani gesang langgeng dhatengsadaya ingkang sampun Paduka paringakendhateng Piyambakipun. 3Wondene menggahgesang langgeng punika manawi tiyang samiwanuh kaliyan Paduka, Allah ingkang sajatipiyambak, sarta dhateng Yesus Kristus utusan

Page 472: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 17.4–10 87

Paduka. 4Kawula sampun ngluhuraken Padukawonten ing bumi kanthi patrap anggen Kawulasampun ngrampungaken padamelan ingkangPaduka bebahaken dhateng Kawula supadoskatindakaken. 5Dene sapunika, dhuh Rama,Paduka mugi ngluhuraken Kawula wontening pangayunan Paduka piyambak kanthikaluhuran ingkang dados gadhahan Kawulawonten ing ngarsa Paduka saderengipun jagaddumados.6Kawula sampun nglairaken asma Paduka

dhateng para tiyang ingkang Padukaparingaken dhateng Kawula saking jagad.Tiyang-tiyang punika kagungan Paduka sartasampun Paduka paringaken dhateng Kawula,saha sampun sami netepi ing pangandikaPaduka. 7Sapunika sampun sami sumerep,bilih sadaya peparing Paduka dhatengKawula punika pinangkanipun saking Paduka.8Amargi sadaya Pangandika ingkang Padukaparingaken dhateng Kawula punika sampunKawula tampekaken dhateng tiyang-tiyangwau saha sampun dipun tampeni. Punapadenesampun sami sumerep saestu, bilih pinangkaKawula punika saking Paduka lan sami pitados,bilih Paduka ingkang ngutus Kawula. 9Kawulandongakaken tiyang-tiyang punika. Sanesjagad ingkang Kawula dongakaken, nangingtiyang-tiyang peparing Paduka dhatengKawula punika, awit punika sami kagunganPaduka 10 lan sadaya gadhahan Kawula inggihkagungan Paduka sarta kagungan Padukainggih gadhahan Kawula, saha Kawula sampun

Page 473: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 17.11–15 88

kaluhuraken wonten ing tiyang-tiyang punika.11Wondene Kawula sampun boten wonten ingdonya malih, nanging tiyang-tiyang punikataksih wonten ing donya, tuwin Kawula sowandhateng ing ngarsa Paduka. Dhuh Ramaingkang Suci, tiyang peparing Paduka dhatengKawula punika mugi Paduka reksa wonten ingasma Paduka, inggih punika asma Padukaingkang sampun Paduka paringaken dhatengKawula, supados tiyang-tiyang wau samidados satunggal kadosdene Paduka kaliyanKawula. 12Salaminipun Kawula nunggil kaliyantiyang-tiyang punika, Kawula ingkang ngreksawonten ing asma Paduka, inggih punika asmaingkang sampun Paduka paringaken dhatengKawula; Kawula sampun rumeksa dhatengtiyang-tiyang wau ngantos boten wontentiyang satunggal kemawon ingkang ical kajawinamung tiyang satunggal ingkang sampunpinesthi kedah ical, supados kayektosana,wiraosing Kitab Suci. 13Nanging samangke,Kawula sowan dhateng ing ngarsa Paduka,lan Kawula ngaturaken sadaya punika ingsalebetipun Kawula taksih wonten ing donya,supados sampurnaa kabingahan Kawulawonten ing tiyang-tiyang wau. 14Tiyang-tiyangwau sampun sami Kawula sukani pangandikaPaduka, lan sami dipun sengiti deningjagad, amargi pinangkanipun boten sakingjagad, kadosdene pinangka Kawula punikainggih boten saking jagad. 15Kawula botennyuwun, supados sami kapundhut sakingdonya, namung supados Paduka reksa,

Page 474: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 17.16–23 89

sampun ngantos kapanduk ing piawon.16Pinangkanipun tiyang-tiyang punika botensaking jagad, kadosdene pinangka Kawulapunika inggih boten saking jagad. 17Mugi samiPaduka sucekaken ing salebeting kayektosan;pangandika Paduka inggih punika kayektosan.18Kadosdene Paduka sampun ngutus Kawuladhateng ing jagad, makaten ugi Kawula inggihkengkenan tiyang-tiyang punika dhatengjagad; 19 sarta Kawula nucekaken badanKawula kangge tiyang-tiyang punika, supadosugi sami kasucekna wonten ing kayektosan.20Lan boten namung kangge tiyang-tiyang

punika kemawon anggen Kawula ndedonga,nanging ugi kangge tiyang-tiyang ingkangpitados dhateng Kawula margi sakingpiwulangipun, 21 supados sadayanipunsami dadosa satunggal kadosdene Paduka,dhuh Rama, wonten ing Kawula, sartaKawula wonten ing Paduka, supados inggihsami dadosa satunggal kaliyan Paduka lanKawula, supados jagad pitados, bilih Padukaingkang ngutus Kawula. 22Lan Kawulasampun nyukakaken kamulyan, ingkangPaduka paringaken dhateng Kawula, dhatengtiyang-tiyang punika, supados sami dadosasatunggal, kadosdene Paduka kaliyan Kawulainggih dados satunggal: 23Kawula wonten ingtiyang-tiyang punika sarta Paduka wonten ingKawula supados sampurnaa anggenipun dadossatunggal, sarta supados jagad sumerepa,bilih Paduka ingkang sampun ngutus Kawula

Page 475: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 17.24–18.2 90

saha bilih tiyang punika sami Paduka kasihikadosdene anggen Paduka ngasihi Kawula.24Dhuh Rama, ingkang dados pikajeng

Kawula, Kawula wontena ing pundi kemawon,tiyang-tiyang punika tansah nunggila kaliyanKawula, inggih punika tiyang-tiyang ingkangsampun Paduka paringaken dhateng Kawulapunika, supados sami nyawang dhatengkamulyan Kawula peparing Paduka. AwitPaduka ngasihi Kawula wiwit saderengipunjagad tinalesan. 25Dhuh Rama ingkang adil,jagad punika pancen boten wanuh dhumatengPaduka, nanging Kawula wanuh kaliyanPaduka, sarta tiyang-tiyang punika sumerep,bilih Paduka ingkang sampun ngutus Kawula;26punapa dene Asma Paduka sampun Kawulasumerepaken dhateng tiyang-tiyang punikasarta inggih badhe Kawula sumerepaken,supados sih ingkang Paduka paringakendhateng Kawula punika wontena ing tiyang-tiyang punika, sarta Kawula inggih wontenaing tiyang-tiyang punika.”

Gusti Yesus kacepeng

18:1-11Mt 26:47-56 Mk 14:43-50 Lk 22:47-53

181Sawise Gusti Yesus ngaturake kabehiku mau banjur miyos saka ing kono

tindak menyang ing sabrange kali Kidronkadherekake dening para sakabate. Ing konoana patamanan kang tumuli dilebeti karo parasakabate. 2Anadene Yudas, kang ngulungake

Page 476: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 18.3–11 91

Gusti Yesus iya weruh panggonan iku, amargaGusti Yesus asring nglempak karo parasakabate ana ing kono. 3Yudas banjur teka ingkono kanthi prajurit sapantha lan para tukangjaga Padaleman Suci, kang diutus deningpara pangarepe imam tuwin para wong Farisi,padha nggawa ting lan obor sarta gegaman.4Anadene Gusti Yesus wus mirsa apa sabarangkang bakal nempuh marang sarirane,banjur majeng sarta ngandika marangwong-wong mau: “Kowe padha nggolekisapa?” 5Wangsulane kang kadangu: “YesusNasarani.” Pangandikane Gusti Yesus: “Iya Akuiki.” Yudas kang ngulungake Panjenengane ugangadeg ana ing kono awor karo wong-wongmau. 6Bareng padha kadhawuhan: “IyaAku iki,” tumuli padha mundur sarta nibaing lemah. 7Gusti Yesus banjur ndangumaneh: “Kowe padha nggoleki sapa?” Unjukewong-wong mau: “Yesus Nasarani.” 8Paringwangsulane Gusti Yesus: “Aku wus tuturmarang kowe, iya Aku iki wonge. Manawa Akukang kokgoleki, wong-wong iki kareben padhalunga.” 9Mangkono iku supaya kayektenanaature kang mangkene: “Tiyang peparingPaduka dhateng Kawula punika boten wontensatunggal-tunggala ingkang kawula icalaken.”10Simon Petrus kang asikep pedhang, banjurngunus pedhange, disabetake marang abdineImam Agung, kupinge kang tengen perung.Abdi mau jenenge Malkhus. 11Gusti Yesustumuli ngandika marang Petrus: “Pedhangmu

Page 477: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 18.12–18 92

wrangkakna; apa Aku ora kudu ngombe isinetuwung peparinge Sang Rama marang Aku?”

Gusti Yesus kaladosake marang ingngarsane Sang Hanas

Petrus nyelaki Gusti Yesus

18:12-27Mt 26:57-75 Mk 14:53-72 Lk 22:54-71

12Prajurit sapantha lan opsire dalah paratukang jaga, kang dikongkon dening wongYahudi banjur nyekel Gusti Yesus tumulikabesta, 13banjur kadhabyang kajujugakedhisik menyang daleme Sang Hanas, awit ikumarasepuhe Sang Kayafas, kang jumenengImam Agung ing taun kang lumaku iki;14 lan iya Imam Agung Kayafas iku kangmaune ngrembugi wong-wong Yahudi: “Luwihmaedahi manawa wong siji mati kanggosakabehing bangsa.” 15Simon Petrus karosakabate siji liyane ngetutake Gusti Yesus.Sakabat kang bebarengan karo Simon Petrusiku wanuh karo Imam Agung, iku banjur mlebumenyang platarane Imam Agung bareng karoGusti Yesus, 16nanging Petrus kari ana ing jabacedhak regol. Murid liyane kang wanuh ImamAgung mau, tumuli metu maneh, caturan karowong wadon kang tunggu regol, Petrus banjurdiajak mlebu. 17Abdi wadon kang tunggu regolmau tumuli calathu marang Petrus: “Dika nikurak enggih panunggalane sakabate wong niku,ta?” Wangsulane Petrus: “Sanes.” 18 Ing nalikaiku para abdi lan para tukang jaga Padaleman

Page 478: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 18.19–26 93

Suci wus padha gawe bedhiyang marga ingwektu iku hawane adhem, wong-wong ikupadha ngadeg api-api ana ing kono. Petrus ugangadeg api-api awor karo wong-wong mau.19 Ing kono Imam Agung banjur wiwit ndangu

marang Gusti Yesus bab para sakabate lanbab kang diwulangake. 20Wangsulane GustiYesus: “AnggonKu mituturi jagad iku ana ingngedhengan: AnggonKu mulang ing salawaseana ing papan-papan pangibadah utawa ingPadaleman Suci, yaiku papan pakumpulanekabeh wong Yahudi; Aku ora tau rembuganapa-apa kalawan dhedhelikan. 21Apa sababekowe takon marang Aku? Takona marangwong-wong iku, kang wus padha krungu apakang Dakkandhakake marang wong-wongiku. Iku wus padha nyumurupi temenan apakang Dakkandhakake.” 22Nalika Panjenenganengandika mangkono iku, panunggalane paratukang jaga kang ngadeg sacedhake kono,banjur napuk pasuryane Gusti Yesus kambicalathu: “Mangkono iku saurMu marangImam Agung?” 23Gusti Yesus tumuli mangsulipangandikane: “Manawa tembungKu ikuluput, tuduhna lupute, nanging manawa benersabab apa kowe kok napuk Aku?” 24GustiYesus banjur kapurugake kalawan bebestanmenyang ing ngarsane Sang Kayafas kangjumeneng Imam Agung.25Simon Petrus isih ngadeg api-api.

Tembunge wong-wong kang ana ing konomarang Petrus: “Dika rak enggih panunggalanesakabate, ta?” 26Petrus selak, pangucape:

Page 479: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 18.27–33 94

“Sanes.” Sawijine abdine Imam Agung, kalebusanake kang kaperung kupinge dening Petrus,tumuli calathu: “Napa kula boten weruh dikawonten ing pataman sareng kalih Wong niku?”27Petrus banjur selak maneh lan nalika ikuana jago kluruk.

Gusti Yesus ana ing ngarsane Sang Pilatus

18:28-38aMt 27:1-2, 11-14 Mk 15:1-5 Lk 23:1-5

28Gusti Yesus banjur diladosake saka ingdaleme Imam Agung Kayafas menyang inggedhong pangadilan. Nalika iku wayahe isihesuk. Kang ngladosake mau padha ora lumebudhewe ing gedhong pangadilan, supaya ajakongsi kena ing najis, awit arep padha manganPaskah. 29Mula Sang Pilatus kang miyos, sartangandika: “Panggugatmu marang Wong ikubab prakara apa?” 30Wong-wong mau padhamangsuli ature: “Manawi Tiyang punika sanesdurjana mesthi boten kula ladosaken dhatengPanjenengane!” 31Dhawuhe Sang Pilatus: “Wisgawanen, patrapana miturut angger-anggeringToretmu.” Ature wong-wong Yahudi: “Kulaboten sami kawenangaken matrapi paukumanpejah dhateng tiyang.” 32Kang mangkonoiku supaya kayektenana pangandikaneGusti Yesus, kang dipangandikakake kagemmratelakake kapriye patrap bakal sedane.33Sang Pilatus banjur lumebet maneh

ing gedhong pangadilan, nuli nimbali GustiYesus sarta ngandika: “Punapa Panjenengan

Page 480: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 18.34–38 95

ratunipun tiyang Yahudi?” 34WangsulaneGusti Yesus: “Pangandika panjenenganmakaten punika punapa saking panggalihpanjenengan piyambak, punapa wonten tiyangsanes ingkang munjuk makaten dhatengpanjenengan bab ing ngatasipun Kula?”35Wangsulane Sang Pilatus: “Punapa kulapunika tiyang Yahudi? Bangsa Panjenenganpiyambak lan para pangajenging imamingkang ngladosaken Panjenengan dhatengkula; Panjenengan tumindak punapa?” 36GustiYesus mangsuli: “Kraton Kula boten sakingdonya punika; manawi kraton Kula sakingdonya punika, mesthi tiyang-tiyang Kulasami lumawan ing perang, supados Kulasampun ngantos kaulungaken dhateng tiyangYahudi. Nanging kraton Kula boten sakingngriki.” 37Sang Pilatus banjur ngandika:“Dados punapa Panjenengan punika inggihratu?” Wangsulane Gusti Yesus: “Panjenengansampun mastani, bilih Kula punika ratu. Inggihpunika prelunipun Kula lair lan inggih punikaprelunipun Kula dhateng donya, supados Kulaneksenana ing kayektosan; sinten tiyangingkang aslinipun saking kayektosan mesthimirengaken swara Kula.” 38PangandikaneSang Pilatus: “Kayektosan punika punapa?”

Page 481: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 18.39–19.5 96

Gusti Yesus kaukum pati

18:38b--19:16aMt 27:15-31 Mk 15:6-20 Lk 23:13-25

(18-38b) Sawuse ngandika mangkono, SangPilatus tumuli miyos manggihi wong-wongYahudi maneh sarta ngandika: “Mungguh ingaku Wong iki ora ana kaluputane apa-apa.39Nanging kowe padha duwe adat, samasariyaya Paskah kowe padha daklilani nyuwunluware wong siji. Kang iku apa karepmukang daklilakake marang kowe ratune wongYahudi?” 40 Ing kono wong-wong padhambengok maneh: “Sampun Piyambakipun,Barabas kemawon!” Anadene Barabas ikusawijining begal.

191Sang Pilatus tumuli dhawuh nggawaGusti Yesus supaya disapu. 2Para

parjurit banjur padha nganam eri kanggomakuthan diagemake ing mustakane, sartadiagemi jubah wungu, 3 tumuli padha majusarta ngucap: “Sugeng, ratunipun tiyangYahudi!” Wong-wong mau banjur napukpasuryane.4Sang Pilatus tumuli miyos maneh sarta

ngandika marang wong-wong: “Lah tontonen,iku wonge dakwetokake marang ngarepmu,supaya kowe padha sumurup, yen mungguhing aku ora ana kaluputane.” 5Gusti Yesustumuli miyos, ngagem makutha eri lan jubahwungu. Pangandikane sang Pilatus marangwong-wong: “Sawangen manungsa iku!”

Page 482: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 19.6–12 976Nalika para pangarepe imam lan parawong jaga ndeleng marang Gusti Yesus,banjur padha mbengok: “Kasaliba, kasaliba!”Pangandikane Sang Pilatus: “Wis, gawanenlan saliben; awit mungguh ing aku oraana kaluputane apa-apa.” 7Wangsulanewong-wong Yahudi: “Kula sami gadhahangger-angger, dene miturut angger-anggerwau tiyang punika kedah pejah, amargingaken-aken Putanipun Allah.”8Sang Pilatus bareng miyarsa atur kang

mangkono iku, saya wuwuh ajrihe, 9banjurlumebet ing gedhong pangadilan manehsarta ngandika marang Gusti Yesus: “AsalPanjenengan saking pundi?” Nanging GustiYesus ora paring wangsulan. 10Kang ikuSang Pilatus tumuli ngandika: “PunapaPanjenengan boten kersa rembagan kaliyankula? Punapa Panjenengan boten mirsa,manawi kula punika gadhah panguwaosngluwari Panjenengane lan ugi kuwaosnyalib Panjenengan?” 11Wangsulane GustiYesus: “Panjenengan mesthi boten kagunganpanguwaos punapa-punapa tumrap Kula,manawi panguwaos wau boten kaparingakendhateng panjenengan saking nginggil. Pramila:tiyang, ingkang ngladosaken Kula dhatengpanjenengan, punika dosanipun langkugageng.” 12Wiwit nalika iku Sang Pilatusngangkah ngluwari marang panjenengane,nanging wong-wong Yahudi padha mbengok:“Manawi panjenengan ngluwari tiyang punikaateges panjenengan sanes mitranipun Sang

Page 483: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 19.13–19 98

Nata Agung, sinten ingkang ngaken-akendados ratu, ateges mbalila dhateng Sang NataAgung.”13Bareng Sang Pilatus miyarsa atur kang

mangkono iku, tumuli dhawuh ngwedalakeGusti Yesus lan banjur lenggah ana ingkursi pangadilan, ing panggonan kangaran Litostrotos, ing basa Ibrani: Gabata.14 Ing nalika iku pinuju dina pacawisanPaskah, kira-kira jam rolas. Sang Pilatusbanjur ngandika marang wong-wong Yahudi:“Sawangen ratumu!” 15Nanging wong-wongmau padha bengok-bengok: “Kasirnakna!Kasirnakna! Kasaliba!” Pangandikane SangPilatus: “Apa aku kudu nyalib ratumu?”Wangsulane para pangarepe imam: “Kulasami boten gadhah ratu kajawi namung SangNata Agung.” 16Wasana Sang Pilatus banjurmasrahake Gusti Yesus marang wong-wongmau supaya disalib.

Gusti Yesus kasalib

19:16b-27Mt 27:32-38 Mk 15:21-27 Lk 23:26, 33-43

(19-16b) Gusti Yesus nuli ditampani.17Banjur miyos kalawan manggul salibelan tindak menyang panggonan kang aranPacumplungan, ing basa Ibrani: Golgota.18Ana ing kono tumuli kasalib bareng karowong loro liyane, dumunung ing kiwa lantengene, Gusti Yesus ana ing tengah. 19SangPilatus uga dhawuh masang tulisan ana ing

Page 484: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 19.20–26 99

sadhuwure salib, unine: “Yesus Nasarani,Ratune wong Yahudi.” 20Akeh wong Yahudikang maca tulisan mau, amarga papanpanyalibe Gusti Yesus iku cedhak kutha,lan tulisan mau nganggo basa Ibrani, Latinlan Yunani. 21Para pangarepe imam bangsaYahudi banjur padha matur marang SangPilatus: “Panjenengan sampun nyerat: Ratunewong Yahudi, nanging bilih pangakenipun: Akuiki ratune wong Yahudi.” 22Wangsulane SangPilatus: “Apa kang wus daktulis, tetep katulis.”23Sawuse para prajurit mau padha

nyalib Gusti Yesus, banjur padha njupukpangagemane dipara papat, saben prajuritnyaduman lan ageme jubah uga kajupuk.Jubah iku ora nganggo dondoman, tenunanelajuran wiwit saka ing dhuwur tutug ing ngisor.24Kang iku prajurit mau padha rembugan:“Iku aja dibage-bage dadi suwekan, ayo padhadigebug ing dhadhu kanggo nemtokake sapakang bakal nduweni.” Iku supaya kayektenanakang katulisan ing Kitab Suci:Sandhangan Kawula sami dipun dumdum,

saha jubah Kawula dipun gebag ingdhadhu.”

Kang mangkono iku wus katindakake deningpara prajurit iku. 25Anadene kang ibu lansadulure kang ibu, Maryam, bojone Klopastuwin Maryam Magdalena padha ngadegcedhak salibe Gusti Yesus. 26Bareng GustiYesus mirsani kang ibu lan sakabat kangdikasihi ngadeg sandhinge, banjur ngandikamarang kang ibu: “Ibu, punika ingkang putra!”

Page 485: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 19.27–32 10027Nuli ngandika marang sakabate mau: “Lahiku ibumu!” Lan wiwit nalika iku sakabat maubanjur mboyong ibu Maryam menyang omahe.

Sedane Gusti Yesus

19:28-30Mt 27:45-50 Mk 15:33-37 Lk 23:44-46

28Sawuse mangkono, ing sarehne Gusti Yesusmirsa, yen samubarang kabeh wus rampung,banjur ngandika -- supaya kayektenana kangkatulisan ing Kitab Suci --: “Aku ngelak!”29 Ing kono ana wadhah kang kebak isi anggurkecut. Tumuli ana wong kang nyelupake jamurkarang ing anggur kecut mau, nuli kacublesakeing pang hisop, banjur dicecepake marangtutuke Gusti Yesus. 30Sawise nyecep anggurkecut mau, Gusti Yesus tumuli ngandika: “Wusrampung!” Banjur ndhingklukake mastaka lanmasrahake nyawane.

Lambunge Gusti Yesus kajojoh

19:31-3731Sarehne pinuju dina pacawisan lan supaya

ing dina Sabat layon-layon aja kabanjur anaing kayu salib -- sabab dina Sabat iku dinaSabat kang pinunjul -- mulane wong-wongYahudi padha teka sarta duwe panyuwunmarang Sang Pilatus supaya wong-wongkang ana ing kayu salib padha karemukanasikile, lan layone kaudhunna. 32Mulane paraprajurit banjur padha mara sarta ngremuki

Page 486: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 19.33–39 101

sikile wong kang siji lan kang sijine kangdisalib bareng karo Gusti Yesus; 33nangingbareng nekani marang Gusti Yesus sartapadha weruh manawa wus seda, Gusti Yesusora diremuk sampeyane, 34ewasamono salahsijining prajurit panunggalane iku njojohlambunge Gusti Yesus kalawan tumbak, temahsanalika metu getihe lan banyune. 35Anadenewong kang ndeleng dhewe bab iku, iku kangnekseni, lan paseksene iku nyata, sarta wongiku sumurup, yen pratelane iku nyata, supayakowe uga padha pracaya. 36Sabab kalakoneiku mau supaya kayektenana kang tinulis ingKitab Suci: “Ora ana balunge kang diremuk.”37Lan ana tulisan maneh kang mratelakake:“Wong-wong bakal padha nyawang marangPanjenengane, kang wus dijojoh.”

Gusti Yesus kasarekake

19:38-42Mt 27:57-61 Mk 15:42-47 Lk 23:50-56

38Sawuse mangkono Yusuf saka ing kuthaArimatea -- iku dadi siswane Gusti Yesusnanging kanthi sidheman marga wedi karowong Yahudi -- duwe atur panyuwun marangSang Pilatus, supaya dililanana ngukup layoneGusti Yesus. Lan Sang Pilatus uga nglilani.Yusuf tumuli sowan sarta ngukup layone.39Apadene Nikodhemus uga teka ing kono.Iya iku kang sakawit sowan ing ngarsaneGusti Yesus ing wayah bengi. Nikodhemusnggawa caruban lenga mur lan lenga garu,

Page 487: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 19.40–20.5 102

bobote watara seket kati. 40Wong-wongmau ngukup layone Gusti Yesus lan diulesiing lawon nganggo adon-adon kaya adatewong Yahudi yen metak layon. 41Sacedhakepapan panggonane Gusti Yesus kasalib ikuana patamanane lan ing patamanan mauana pakuburan anyar kang durung taudianggo ngubur wong. 42Sarehne pinuju dinapacawisane wong Yahudi, sarta kuburane ikucedhak, mula Gusti Yesus banjur disarekakeana ing kono.

Wungune Gusti Yesus

20:1-10Mt 28:1-10 Mk 16:1-8 Lk 24:1-12

201 Ing dina kapisan ing Minggu ikuesuk umun-umun, nalika isih peteng,

Maryam Magdalena menyang pasarean landheweke weruh manawa watu tutupe guwawus kasingkirake saka ing pasarean. 2Tumulilumayu nemoni Simon Petrus lan sakabatliyane kang dikasihi dening Gusti Yesus, padhadiwartani: “Gusti dipun pendhet ing tiyangsaking pasarean, lan kula boten sumerepwonten ing pundi anggenipun nyarekaken.”3Petrus lan sakabat liyane mau banjur padha

mangkat menyang pasarean. 4Sakaronepadha mlayu bebarengan, nanging sakabatliyane iku playune luwih rikat tinimbangSimon Petrus, temahan luwih dhisik tekaneing pasarean. 5Lan bareng nginguk, weruhyen ulese wus sumeleh ing lemah; nanging

Page 488: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 20.6–14 103

dheweke ora mlebu. 6Simon Petrus olehenututi iya tumuli tekan sarta banjur mlebuing pasarean, lan weruh ulese sumeleh inglemah 7dene lawon riwe kang maune anaing mastakane Gusti Yesus ora awor karoulese, nanging sumeleh rada nyele ana ingpanggonan liya lan wis gulungan. 8Sakabatliyane kang dhisik tekane ing pasareanmau iya tumuli mlebu, banjur ndeleng sartapracaya. 9Awit salawase sakabat-sakabat maudurung padha mangreti isine Kitab Suci kangmratelakake, yen Gusti Yesus pinesthi wungusaka ing antarane wong mati. 10Sakabat loromau tumuli padha mulih.

Gusti Yesus ngatingalmarang Maryam Magdalena

20:11-1811Nanging Maryam Magdalena ngadeg ana

ing sacedhake pasarean karo nangis. Sajronenagis nginguk ing pasarean, 12 sarta weruhana malaekat loro ngagem-agem putih, padhalenggah, kang siji ing ulon-ulon, sijine anaing dagan tilas panggonan sumareng layoneGusti Yesus. 13Malaekat iku banjur padhangandika marang Maryam: “Ibu, kena apakowe nangis?” Ature Maryam: “Gusti kuladipun pendhet tiyang lan kula boten sumerepwonten ing pundi anggenipun nyarekaken.”14Sawuse matur mangkono, tumuli mengosarta weruh Gusti Yesus jumeneng ana ingkono, nanging ora sumurup, manawa iku Gusti

Page 489: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 20.15–19 104

Yesus. 15Gusti Yesus tumuli ngandika: “Ibu,kena apa kowe nangis? Kowe nggoleki sapa?”Panyanane Maryam iku juru taman, banjurmatur: “Bapak, manawi sampeyan ingkangmendhet Panjenenganipun, kula sampeyancriyosi, wonten ing pundi anggen sampeyannyarekaken, kula pendhetipun.” 16GustiYesus tumuli ngandika: “Maryam!” Maryambanjur minger sarta munjuk ing basa Ibrani:“Rabuni!” Jarwane: Guru. 17PangandikaneGusti Yesus: “Aja nggepok marang Aku, awitAku durung sowan ing ngarsane RamaKu,nanging lungaa nemonana para sadulurKu, lanpadha kandhanana, manawa Aku arep sowanmenyang ing ngarsane RamaKu lan Ramamuing ngarsane AllahKu lan Allahmu.” 18MaryamMagdalena tumuli lunga wewarta marang parasakabat: “Aku wus ndeleng Gusti!” sarta yenkang mangandikani bab-bab iku mau ugaPanjenengane.

Gusti Yesus ngatingalmarang para sakabat

20:19-23Lk 24:36-39, 47-49

19Bareng ing wayah bengi ing dina kapisanminggu iku para sakabate Gusti Yesus padhanglumpuk ana ing sawijining papan, lawangepadha kakancing awit saka wedine marangwong Yahudi. Ing nalika iku Gusti Yesusrawuh jumeneng ana ing tengah-tengahe parasakabat sarta ngandika: “Tentrem-rayahu

Page 490: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 20.20–26 105

anaa ing kowe kabeh!” 20Sawuse ngandikamangkono, tumuli nedahake astane lanlambunge marang para sakabat. Para sakabatiku padha bungah nalika ndeleng GustiYesus. 21Gusti Yesus banjur ngandika maneh:“Tentrem-rahayu ana ing kowe kabeh! KayaanggonKu kautus dening Sang Rama, kowesaiki iya padha Dakkongkon.” 22Sawusengandika mangkono, tumuli padha didamoni,lan dipangandikani: “Padha nampanana RohSuci. 23Manawa kowe padha ngapura dosanewong, iku dosane diapura, lan manawakowe padha netepake dosane, iku dosaneditetepake.”

Gusti Yesus ngatingal marang Tomas

20:24-2924Nanging Tomas, panunggalane sakabat

rolas iku, kang karan Dhidhimus, nalikarawuhe Gusti Yesus mau ora nunggal karokanca-kancane. 25Banjur dikandhani deningpara sakabat liyane iku: “Aku wus padhandeleng Gusti!” Nanging Tomas calathu:“Manawa aku durung ndeleng tabete paku anaing astane lan sadurunge aku ndulek tilas pakuiku nganggo drijiku tuwin lambunge daklodoknganggo tanganku, aku ora bakal ngandelpisan-pisan.”26Bareng tumeka ing wolung dinane para

sakabate Gusti Yesus padha ana ing jeroomah iku maneh sarta Tomas iya ana.Gusti Yesus tumuli rawuh nalika lawange

Page 491: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 20.27–21.1 106

padha kakancing, banjur jumeneng ana ingtengah-tengahe para sakabat sarta ngandika:“Tentrem-rahayu anaa ing kowe!” 27Nulingandika marang Tomas: “Drijimu prenekna,tanganKu tontonen, sarta tanganmu ulungna,lodokna ing lambungKu lan kowe aja ngantiora ngandel maneh, nanging kumandela!”28Tomas mangsuli, unjuke: “Dhuh Gustikawula, Allah kawula!” 29Pangandikane GustiYesus: “Amarga kowe wus ndeleng Aku, temahkowe kumandel. Rahayu wong kang padha orandeleng, nanging kumandel.”

Tujuane Injil iki katulis

20:30-3130Dhasar isih ana pratandha liyane akeh

maneh kang katindakake dening Gusti Yesusana ing ngarepe para sakabate, kang orakasebut ana ing kitab iki, 31nanging kabehkang kamot ing kene, iku katulisan supayakowe padha pracaya, yen Gusti Yesus iku SangKristus, Putrane Gusti Allah, sarta supayasrana pracayamu kowe padha nduwenana uipana ing Asmane.

Gusti Yesus ngatingal marang parasakabate ana ing pinggir sagara Tiberias

21:1-14

211Sawuse mangkono, Gusti Yesusngatingal marang para sakabate

maneh ana ing pinggire sagara Tiberias; dene

Page 492: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 21.2–10 107

anggone ngatingal mau mangkene: 2Ana ingpasisir kono kang padha ngumpul: SimonPetrus lan Tomas kang karan Dhidhimus,Natanael kang saka ing kutha Kana tanahGalilea, anake Zebedheus lan sakabate liyaneloro. 3Simon Petrus tumuli kandha marangkanca-kancane mau: “Aku arep lunga golekiwak.” Wangsulane kancane: “Aku iya padhamelu kowe.” Banjur padha mangkat nunggangprau, nanging sawengi iku padha ora olehapa-apa. 4Nalika wus bangun esuk, GustiYesus jumeneng ana ing gegisik. Nangingpara sakabate padha ora ngreti, yen iku GustiYesus. 5Gusti Yesus tumuli ngandika: “He,bocah-bocah, apa kowe padha duwe lawuh?”Wangsulane: “Boten.” 6Pangandikane GustiYesus: “Jalamu tibakna ing satengene prau,temah kowe bakal padha oleh.” Jalane tumuliditibakake, nanging banjur ora kena ditarik,awit saka akehe iwake. 7Sakabat kang dikasihidening Gusti Yesus tumuli kandha marangPetrus: “Iku Gusti.” Bareng Simon Petruskrungu, yen iku Gusti Yesus, tumuli nganggosandhangane, marga isih ngliga; banjurambyur ing sagara. 8Praune diajokake deningpara sakabat liyane, jalaran ora adoh sakaing dharatan, mung watara rong atus asta,sarta jalane kang kebak iwak iku digered.9Samentase ing dharatan, para sakabat padhaweruh geni areng, lan iwak tumupang inggeni mau sarta roti. 10Gusti Yesus tumulingandika marang para sakabat: “Njupuka iwaksawatara, oleh-olehane anggonmu mentas

Page 493: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 21.11–16 108

njala iku!” 11Simon Petrus banjur munggah ingprau lan ngetas jalane menyang ing dharatan,jala iku kebak iwak gedhe-gedhe: nganti satusseket telu kehe. Nanging sanadyan ngantisamono kehe, jalane ora bedhah.12Pangandikane Gusti Yesus marang para

sakabat: “Mrenea, padha sarapana.” Ora anaing antarane para sakabat iku kang wanimunjuk pitakon: “Paduka punika sinten?”Amarga wus padha ngreti, yen Panjenenganeiku Gusti Yesus. 13Gusti Yesus tumuli majeng,sarta mundhut roti mau, tumuli diparingakemarang para sakabat, mangkono uga iwake.14 Iku wus ping telune anggone Gusti Yesusngatingal marang para sakabate sawusewungu saka ing antarane wong mati.

Angona wedhus-wedhusKu

21:15-1915Sawuse padha sarapan, Gusti Yesus

ngandika marang Simon Petrus: “Simonanake Yokanan, apa kowe tresna marangAku ngluwihi wong-wong iki?” Unjuke Petrus:“Inggih Gusti, Paduka mirsa, bilih kawularemen dhumateng Paduka.” PangandikaneGusti Yesus: “Engonen cempe-cempeKu!”16Pangandikane Gusti Yesus maneh marangPetrus kang kapindhone: “Simon, anakeYokanan, apa kowe tresna marang Aku?”Unjuke Petrus: “Inggih Gusti, Paduka mirsa,bilih kawula remen dhumateng Paduka.”Pangandikane Gusti Yesus: “Engonen

Page 494: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 21.17–21 109

wedhus-wedhusKu!” 17Pangandikane GustiYesus marang Petrus kang kaping telune:“Simon, anake Yokanan, apa kowe dhemenmarang Aku?” Petrus dadi sedhih atineamarga Gusti Yesus ndangu kang kapingtelune: “Apa kowe dhemen marang Aku?”Petrus banjur munjuk: “Dhuh, Gusti, Padukamirsa samukawis, inggih mirsa, bilih kawularemen dhumateng Paduka.” PangandikaneGusti Yesus: “Engonen wedhus-wedhusKu!18Satemen-temene pituturKu ing kowe: Nalikakowe isih enom, kowe sabukan dhewe lankowe lumaku menyang ngendi bae kangkokkarepake, nanging besuk manawa kowewus tuwa, kowe bakal mulung tanganmulan wong liya kang bakal nyabuki, banjurnggawa kowe menyang panggonan kang orakokkarepake.” 19Bab iku dipangandikakakekanggo mrasemoni kapriye patrape Petrusanggone bakal mati kanggo ngluhurake GustiAllah. Sawuse ngandika mangkono mau tumulidhawuh marang Petrus: “Melua Aku!”

Sakabat dikasihi dening Gusti Yesus

21:20-2320Bareng Petrus noleh, weruh sakabat

kang dikasihi dening Gusti Yesus ndherek,iya iku sakabat kang nalika bujana lungguhcedhak Gusti Yesus sarta munjuk: “Gusti,sinten tiyangipun ingkang badhe ngulungakenPaduka?” 21Nalika Petrus weruh sakabat ikumau, tumuli munjuk marang Gusti Yesus:

Page 495: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YOKANAN 21.22–25 110

“Gusti, dene punika badhenipun kadospundi?”22Pangandikane Gusti Yesus: “SaupamaDakkarepake, supaya iku tetep urip ngantisatekaKu, iku rak dudu prakaramu. Nangingkowe: Melua Aku!” 23Banjur sumebar kabaring antarane para sadulur, yen sakabatiku mau bakal ora mati. Nanging Petrusora dipangandikani dening Gusti Yesus,yen sakabat mau bakal ora mati, nanging:“Saupama dheweke Dakkarepake supaya tetepurip nganti satekaKu, iku dudu prakaramu.”

Panutup

21:24-2524 Iya iku sakabat, kang nekseni lan wus

nulisi bab iki kabeh lan aku kabeh padhasumurup, yen paseksene iku nyata.25 Isih akeh bab-bab liyane maneh kang

katindakake dening Gusti Yesus, nangingsaupama kabeh iku kudu katulisan siji-sijine,mesthi jagad iki ora bisa ngemot kabeh bukukang kudu katulis iku.

Page 496: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL

Prajanji bab Roh Suci

1:1-5

11Sang Teofilus, ing serat kula ingkangkapisan, kula nyariyosaken sadaya

pakaryan lan piwulangipun GustiYesus, 2ngantos dumugi ing dintenanggenipun kasengkakaken. SaderengipunPanjenenganipun sampun paring dhawuhlumantar Sang Roh Suci dhateng pararasul pepilihanipun. 3Sareng sampunrampung anggenipun nandhang sangsara,Panjenenganipun lajeng ngatingal dhatengpara rasul wau, sarta kalayan pratandhakathah paring bukti, bilih Panjenenganipungesang. Amargi ngantos kawan dasa dintenlaminipun anggenipun wongsal-wangsulngatingal saha wawan pangandika babKratoning Allah kaliyan para rasul wau.4 Ing sawijining dina nalika Gusti Yesus

dhahar bebarengan karo para rasul, iku padhaora diparengake ninggal kutha Yerusalem,sarta padha didhawuhi ana ing kono, ngentenijanjine Sang Rama, kang -- mangkenepangandikane -- “wis padha kokrungu sakaAku. 5Sabab Yokanan iku anggone mbaptisnganggo banyu, nanging ora suwe manehkowe bakal padha kabaptis kalawan Roh Suci.”

Page 497: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 1.6–11 2

Gusti Yesus sumengka marang ing swarga

1:6-116Para rasul kang padha kumpul iku nuli

matur pitakon: “Gusti, punapa sapunikaanggen Paduka badhe mulihaken karajankangge Israel?” 7Paring wangsulane: “Koweora prelu nyumurupi mangsa lan wektu, kangkatamtokake dening Sang Rama piyambak,manut panguwaose. 8Nanging kowe bakalpadha tampa kasekten, samangsa SangRoh Suci wus nedhaki marang kowe kabehsarta kowe bakal padha dadi seksiKu anaing Yerusalem lan ing satanah Yudea kabeh,sarta ing tanah Samaria tuwin tumeka ingpungkasaning bumi.”9Sawuse ngandika mangkono, Panjenengane

nuli sinengkakake, sineksen dening pararasul, banjur wis ora katingal, amargakaaling-alingan mega. 10Nalika lagi padhatumenga ing langit ngawasake anggone Gustisumengka iku, dumadakan ana priya lorojumeneng ing sacedhake, padha mangagemputih, 11kang tumuli mangandikani mangkene:“Heh, wong-wong Galilea, yagene kowe padhangadeg tumenga marang langit? Gusti Yesus,kang sumengka marang ing swarga, nilarkowe kabeh iki, bakal rawuh maneh kanthipatrap kaya kang padha kokdeleng nalikaPanjenengane minggah menyang ing swarga.”

Page 498: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 1.12–18 3

Para rasul padha nganti-anti

1:12-1412Para rasul banjur padha bali menyang

ing Yerusalem saka ing gunung Zaitun, kangsaka ing Yerusalem dohe mung salakoning dina Sabat. 13Satekane ing kutha,nuli padha munggah menyang kamar ingdhuwur, kang dipondhoki, yaiku: Petrus lanYokanan, Yakobus lan Andreas, Filipus lanTomas, Bartolomeus lan Mateus, Yakobusanake Alfeus, lan Simon wong Zelot sartaYudas anake Yakobus. 14Kabeh padha saiyeganggone mempeng ing pandonga, bebarengankaro wanita sawatara sarta ibu Maryam, kangibune Gusti Yesus, tuwin para sadhereke GustiYesus.

Matias kapilih dadi gegentine Yudas

1:15-2615 Ing nalika samana Rasul Petrus banjur

jumeneng ana ing satengahe para sadulur,kang lagi padha nglumpuk, cacahe watarasatus rong puluh, sarta ngandika: 16 “He,para sadulur, pangandika ing Kitab Suci, kangkalairake dening Sang Roh Suci lumantar SangPrabu Dawud, iku kudu kayektenan, yaikubab Yudas, kang dadi pangiride wong-wongkang nyekel Gusti Yesus. 17Maune iku klebuetung ana ing golonganku kabeh sartamelu nindakake bubuhan leladi iki. 18Yudas

Page 499: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 1.19–26 4

iku wus tuku palemahan sarana opahingpialane, banjur tiba kerungkeb, wetengebedhah, nganti jeroane metu kabeh. 19Babiku kasumurupan ing wong sa-Yerusalemkabeh, mulane palemahan mau banjur diaraninganggo basane wong-wong mau dhewe:“Hakal-Dama”, tegese Tanah-Getih. 20Sababing kitab Masmur ana kang tinulis mangkene:Pemahanipun dadosa suwung,sampun ngantos wonten ingkang ngenggeni.Sarta:Kalenggahanipun kapendheta dening tiyang

sanes.21Awit saka iku panunggalane kang tansahkekumpulan karo aku kabeh, sajrone GustiYesus tetunggilan karo aku iku, 22yaiku wiwitsaka pambaptise Nabi Yokanan nganti tekaning dina sumengkane Gusti Yesus menyanging swarga, nilar aku kabeh, anaa siji kangdiwuwuhake marang kita, supaya melu dadiseksi bab wungune.”23Wong-wong banjur ngusulake wong loro:

Yusuf kang karan Barsabas lan kang uga karanYustus, tuwin Matias. 24Kabeh nuli padhandedonga lan munjuk: “Dhuh, Gusti, Padukaingkang nguningani manahipun sadaya tiyang,mugi karsaa paring pitedah, tiyang kalihpunika pundi ingkang Paduka pilih, 25 supadosnampeni kalenggahan lelados, inggih punikakalenggahan rasul, ingkang katilar deningYudas, ingkang sampun dhumawah ingpanggenan ingkang samesthinipun tumrappiyambakipun punika.” 26Banjur padha

Page 500: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 2.1–9 5

diundhi, satemah kang kena Matias. Iku nulikagolongake karo para rasul sawelas.

Riyaya Pentekosta.Tumedhake Sang Roh Suci

2:1-13

21Bareng ing dina riyaya Pentekosta, kabehwong padha nglumpuk. 2Dumadakan ana

swara saka ing langit, saemper sumiyutingangin gedhe, kang ngebeki saomah kangkanggo lelungguhan, 3banjur padha ndelengilat-ilatan kaya urubing geni, kang ambyarlan nibani sawiji-wijining wong mau kabeh.4Tumuli kabeh padha kapenuhan ing Roh Sucisarta banjur padha wiwit guneman nganggobasa-basa liya, bab kang kawisikake deningRoh supaya kalairake.5Nalika samana ing Yerusalem ana wong-

wong Yahudi kang saleh saka sarupaningbangsa ing sangisoring langit. 6Bareng anaswara mangkono mau, tumuli wong akehpadha teka kumrubut sarta padha kuwuratine, amarga saben wong krungu para rasulpadha ngandika ngagem basane wong-wongmau. 7Kabeh padha njenger kaeraman,banjur padha calathu: “Apa sing padhacaturan iku dudu wong Galilea? 8Kapriye denekita dhewe-dhewe padha krungu anggonecaturan nganggo basa kita dhewe, yaiku basakang kita anggo ana ing nagara asal kita:9kita iki wong Partia, Media, Elam, kangpadha manggon ing Mesopotamia, Yudea lan

Page 501: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 2.10–17 6

Kapadhokia, Pontus lan Asia, 10Frigia lanPamfilia, Mesir lan ing wewengkone tanahLibia kang cedhak karo Kirene, wong-wongneneka saka ing nagara Rum, 11 iya wongYahudi iya wong kang manjing agama Yahudi,wong Kreta lan wong Arab, kita krunguwong-wong iku padha calathu nganggo basakita dhewe-dhewe bab pakaryan-pakaryanagung kang katindakake dening Gusti Allah.”12Kabeh padha kaeraman sarta bingung lanpadha sapocapan mangkene: 13 “Apa ta tegeseiki?” Nanging wong liyane ana kang ngece,calathune: “Wong iku rak padha mendemanggur manis.”

Kotbahe Rasul Petrus

2:14-3614Rasul Petrus tumuli jumeneng dalah para

kanthine sawelas, sarta ngandika kalawanswara sora marang wong-wong mau: “Parasadherek Yahudi saha panjenengan sadayaingkang sami dedalem ing kitha Yerusalem,mugi sami nguninganana saha kula aturimidhangetaken atur kula. 15Tiyang-tiyangpunika boten sami mendem, kados pangintenpanjenengan, amargi sapunika saweg jamsanga. 16Nanging inggih punika ingkangkapangandikakaken dening Gusti Allahlumantar Nabi Yoel makaten:17Besuk ing dina-dina kang wekasan-- mangkono pangandikaning Allah --

Page 502: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 2.18–22 7

Ingsun bakal ngesokake RohingSun marangsakabehing manungsa;

anak-anakira lanang lan wadon bakal padhamedhar wangsit,

lan wong nom-nomanira bakal padha ndelengwahyu,

sarta wong-wongira kang wis tuwa bakalpadha oleh impen.

18Uga para abdiningSun lanang lan wadonbakal Sunesoki RohingSun ing dina-dina iku,lan bakal padha medhar wangsit.19Sarta Ingsun bakal nganakake mukjijat-

mukjijat ana ing dhuwur, ana inglangit

lan pratandha-pratandha ana ing ngisor, anaing bumi:

getih lan geni sarta kumeluning pega.20Srengenge bakal salin dadi peteng

ndhedhetlan rembulan bakal dadi getihsadurunge dinaning Pangeran kang agung

lan luhur iku teka.21Anadene saben wong kang nyebut

asmaning Pangeran iku bakalkapitulungan rahayu.

22Para sadherek Israel, kula aturimidhangetaken atur kula punika: Ingkangkula kajengaken inggih punika Gusti Yesussaking Nasaret, satunggaling priya ingkangsampun kapiji dening Gusti Allah saha ingkangsampun katelakaken dhateng panjenengansadaya kaliyan kasekten-kasekten, tuwinmukjijat-mukjijat sarta pratandha-pratandha

Page 503: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 2.23–28 8

ingkang dipun wontenaken dening Gusti Allahlumantar Panjenenganipun wonten ing tengah-tengah panjenengan sadaya, kadosdeneingkang sampun panjenengan uningani.23Panjenenganipun ingkang kaulungakendening Gusti Allah miturut karsa saharancanganipun punika sampun panjenengansalib sarta panjenengan sedani lumantartanganipun bangsa-bangsa ingkang duraka.24Nanging lajeng kawungokaken deningGusti Allah, kauwalaken saking sangsaraningpejah, amargi boten badhe Panjenenganipunlestantun kawengku dening panguwaosingpejah punika. 25Awit Sang Prabu Dawudngandika ing bab Panjenenganipun makaten:Aku tansah mandeng marang Pangeran,amarga Panjenengane jumeneng ing

tengenku,satemah aku ora keguh.26Mulane atiku asukarena lan jiwaku

asurak-surak;malah badanku bakal lerem kalawan

tentrem,27amargi Paduka boten masrahaken kawula

dhateng jagadipun tiyang pejah,sarta boten negakaken Abdi Paduka ingkang

suci ngalami risak.28Paduka paring sumerep dhateng kawula

bab margining gesang;Paduka badhe ngluberaken kabingahan

dhateng kawulawonten ing pangayunan Paduka.

Page 504: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 2.29–35 929Para sadherek, kula keparenga maturdhateng panjenengan sadaya kalayan ngeblakbab Sang Prabu Dawud, leluhuripun bangsakita. Panjenenganipun sampun seda sahakasarekaken, saha pasareanipun dumugiing dinten punika taksih wonten. 30Nangingpanjenenganipun punika satunggaling nabisaha mirsa, bilih Gusti Allah sampun paringprajanji dhateng panjenenganipun kalayansupaos, bilih Gusti Allah badhe nglenggahakensatunggaling tedhakipun Sang Prabu Dawudpiyambak wonten ing dhamparipun. 31Margisaking punika panjenenganipun uningasaderengipun saha ngandika bab wungunipunSang Mesih, inggih punika nalika ngandika,bilih panjenenganipun boten dipun tegakakenwonten ing jagadipun tiyang pejah, saha bilihsariranipun boten badhe risak. 32 Inggih GustiYesus punika ingkang kawungokaken deningGusti Allah, saha bab punika kula sadayaingkang sami dados seksinipun. 33Punapadenesareng Panjenenganipun sampun jinunjungdening astanipun tengen Gusti Allah tuwintampi Roh Suci ingkang kaprasetyakakenpunika, Panjenenganipun lajeng ngesokakenpunapa ingkang sampun panjenenganuningani saha panjenengan pireng wonten ingngriki. 34Amargi sanes Sang Prabu Dawudingkang minggah dhateng swarga, malah SangPrabu Dawud piyambak ngandika makaten:Pangeran wus ngandika marang Gustiku:35Sira lenggaha ing satengeningSun,

nganti tumeka mungsuhira kabeh wus

Page 505: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 2.36–40 10

padha Sundadekake ancik-ancikingtlapakanira.

36Awit saking punika rakyat Israel sadayakedah mangretos kalayan saestu, bilih GustiAllah sampun njumenengaken Gusti Yesusingkang panjenengan salib punika, dadosGusti lan Kristus.”

Tumangkare Pasamuwan

2:37-4137Bareng wong-wong padha krungu

pangandika mangkono mau, atine trenyuh,banjur padha matur pitakon marang RasulPetrus lan para rasul liyane: “Para sadherek,punapa ingkang kedah sami kula lampahi?”38Wangsulane Rasul Petrus: “Kula aturisami mratobat sarta panjenengan piyambak-piyambak sami kabaptisa ing asmanipun GustiYesus Kristus, amrih angsala pangapunteningdosa panjenengan, satemah panjenengansami badhe nampeni peparing Roh Suci.39Awitdene ingkang kaparingan prajanjipunika panjenengan sadaya saha para putrapanjenengan tuwin tiyang-tiyang ingkangtaksih tebih sadaya, sapinten ingkang badhetinimbalan dening Pangeran Allah kita.”40Tuwin kalawan pangandika-pangandikaliyane akeh maneh panjenengane paringpaseksen kang sanyata marang wong-wongkabeh iku sarta padha diparingi pitutur,pangandikane: “Sami kula aturi sumingkirsaking jinis ingkang kablinger punika.”

Page 506: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 2.41–47 1141Wong-wong kang nampani pangandikane,padha kabaptis. Ing dina iku cacahe siswawuwuh watara telung ewu.

Kaanane pasamuwan wiwitan

2:42-4742Wong-wong mau padha ngantepi ing

piwulange para rasul lan anggone tetunggalansarta padha tansah nglumpuk, prelunyuwil-nyuwil roti lan ndedonga.43Wong kabeh padha kadunungan rasa

wedi, dene para rasul iku padha nganakakemukjijat lan pratandha akeh. 44Sarta kabehwong kang pracaya padha lestari manunggal,kabeh barang darbeke padha dianggepduweke wong akeh. 45Apadene tansah anapanunggalane kang ngedol barang darbeke,banjur diedum-edumake marang wong kabeh,mawa-mawa kabutuhane. 46Sadina-dinatansah padha nglumpuk ana ing PadalemanSuci kalawan tegen sarta saiyeg. Padhanyuwil-nyuwil roti ana ing omahe giliran,padha mangan bebarengan kalawan bungahlan ati kang tulus, 47kambi memuji marangGusti Allah, apadene padha disenengi ingwong sabangsa kabeh. Sarta maneh ing sabendinane cacahe diwuwuhi dening Gusti wongkang padha kapitulungan rahayu.

Page 507: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 3.1–9 12

Wong lumpuh kawarasake

3:1-10

31 Ing sawijining dina, ngarepake wektusembahyang, yaiku jam telu awan, Rasul

Petrus lan Rasul Yokanan padha minggahmenyang ing Padaleman Suci. 2 Ing kono anawong lumpuh lair mula, mulane saben dinadigendhong lan diselehake ing sacedhakegapuraning Padaleman Suci kang aran GapuraEndah, supaya ngemis marang wong kangpadha lumebu menyang ing Padaleman Suci.3Bareng wong mau weruh Rasul Petrus lanRasul Yokanan arep lumebet menyang ingPadaleman Suci, banjur nyuwun peparing.4Karone padha mirsani wong iku sarta RasulPetrus tumuli ngandika: “Aku ingetna.” 5Wongmau iya banjur mandeng marang karonekanthi pangarep-arep bakal kaparinganapa-apa. 6Nanging Rasul Petrus nuli ngandika:“Emas lan salaka aku ora duwe, nangingkang aku duwe, kowe dakwenehi: Atasasmane Gusti Yesus Kristus saka ing Nasaret,lumakua!” 7Panjenengane banjur ngastatangane tengen wong mau, nulungi anggonengadeg. Sanalika iku uga sikile lan polokewong mau dadi kukuh, 8 tumuli njumbulngadeg sarta mlaku-mlaku mrana-mrene sartabanjur ndherek karone lumebu menyang ingPadaleman Suci, kalawan lumaku lincak-lincaksarta memuji marang Gusti Allah. 9Rakyatweruh kabeh anggone mlaku-mlaku kambi

Page 508: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 3.10–14 13

memuji marang Gusti Allah iku 10 sarta iyabanjur padha ora pangling, yen wong iku kangadate lungguh ngemis ana ing Gapura Endahing Padaleman Suci, satemah padha kaeramanlan kegawokan marang apa kang wus kalakonmungguh ing wong mau.

Kotbahe Rasul Petrusana ing Srambi Suleman

3:11-2611Sarehne wong iku tansah ngetutake

marang Rasul Petrus lan Rasul Yokanan,mulane wong akeh kang padha kaeramanbanget iku kabeh padha teka ngrubung ana ingsrambi kang aran Srambi Suleman. 12BarengRasul Petrus mirsa wong akeh iku, banjurngandika: “Para sadherek Israel, punapaa denepanjenengan sadaya sami gumun dhatenglelampahan punika saha punapa sababipundene penjenengan sami mirsani dhatengkula, kados-kados kula ingkang murugakentiyang punika saged lumampah, margisaking panguwaos utawi kamursidan kulapiyambak? 13Gusti Allahipun Rama Abraham,Iskak lan Yakub, Gusti Allahipun leluhurkita sampun ngluhuraken Abdinipun, inggihpunika Gusti Yesus ingkang panjenenganulungaken saha panjenengan tampik wontening ngarsanipun Sang Pilatus, sanadyanSang Pilatus nggalih, bilih Panjenenganipunkedah dipun luwari. 14Nanging panjenengansampun nampik Ingkang Suci saha leres,

Page 509: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 3.15–21 14

sarta ngarsakaken tiyang ingkang damelpepejah, supados kaparingaken dhatengpanjenengan. 15Margi saking makaten punika,dados panjenengan nyedani Panjenenganipuningkang dados Panuntuning gesang, nanginglajeng sampun kawungokaken dening GustiAllah saking antawisipun tiyang pejah; sahatumrap bab punika kula ingkang sami dadosseksinipun. 16Punapa dene margi sakingpitados dhateng Asma Yesus punika, milaAsma punika sampun kelampahan ngiyatakentiyang ingkang panjenengan pirsani sahaingkang panjenengan sampun tepang punika;sarta kapitadosan punika ingkang njalarisarasipun tiyang punika wonten ing ngarsapanjenengan sadaya. 17Para sadherek, kulamangretos, bilih anggen panjenengan samitumindak makaten punika, amargi sakingkiranging pangretosan, sami kados parapangageng panjenengan sadaya. 18Nangingkanthi patrap makaten Gusti Allah sampunkelampahan nuhoni punapa ingkang kalarumiyin kapangandikakaken lumantar paranabinipun, inggih punika bilih Sang Mesihingkang kautus punika kedah nandhangsangsara. 19Awit saking punika sami kulaaturi enget saha sami mratobata, supadosdosa panjenengan kaapunten, 20 supadosPangeran lajeng ndhatengaken mangsaingkang ludhang saha ngutus Gusti Yesus,ingkang wiwit sakawit sampun katamtokakendados Kristus kagem panjenengan sadaya.21Sang Kristus punika kedah wonten ing

Page 510: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 3.22–26 15

swarga ngantos dumugi ing titimangsapulihipun samukawis sadaya, kadosdeneingkang sampun dipun pangandikakakendening Gusti Allah lumantar para nabinipuningkang suci nalika jaman rumiyin. 22Raksampun dipun pangandikakaken dening NabiMusa: Gusti Allah bakal nangekake nabi sakaing antarane para sadulurmu, padha kayadeneaku. Yaiku kang kudu kokrungokake apakang bakal dipangandikakake marang kowe.23Sarta bakal kalakon, kabeh wong kang orangrungokake nabi iku, bakal katumpes sakaing antarane umat kita. 24Punapa dene sadayanabi ingkang nate nglairaken pangandika,wiwit Nabi Samuel saha sasampunipunpanjenenganipun, sampun sami meca babjaman punika. 25 Inggih panjenengan sadayapunika ingkang maris pameca-pameca punikasaha angsal bagean tumrap ing prajanjianingkang dipun wontenaken dening Gusti Allahkalayan leluhur kita, inggih punika nalikaPanjenenganipun ngandika dhateng RamaAbraham: Marga saka turunira, kabeh bangsasalumahing bumi bakal kabarkahan. 26Laningkang rumiyin inggih kagem panjenengansadaya punika anggenipun Gusti Allahnjumenengaken Abdinipun saha ngutusPanjenenganipun nuweni panjenengan sadaya,supados panjenengan sami kabarkahan sahanuntun panjenengan piyambak-piyambaksaking piawon panjenengan.”

Page 511: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 4.1–7 16

Rasul Petrus lan Rasul Yokananpadha kacepeng. Pasamuwanmundhak tumangkar maneh

4:1-4

41Nalika Rasul Petrus lan Rasul Yokananlagi mangandikani wong akeh, dumadakan

padha katekanan para imam lan lelurahejaga baya Padaleman Suci sarta para wongSaduki. 2Wong-wong iku padha nepsu banget,jalaran karone padha mulang marang wongakeh sarta wewarta, yen ana ing Gusti Yesusana patangen saka ing antarane wong mati.3Banjur padha dicepeng lan ditahan ngantidina candhake, amarga wayahe wis sore.4Nanging wong kang padha ngrungokakepiwulange mau akeh kang manjing pracaya,temahan cacahe wong lanang kira-kira dadilimang ewu.

Rasul Petrus lan Rasul Yokanan anaing ngarsane Pradata Agama

4:5-225Kacarita esuke para pangarepe wong Yahudi

lan para pinituwa sarta para ahli Toret padhanganakake parepatan ana ing Yerusalem 6karoImam Agung Hanas lan Kayafas, Yokananlan Aleksandher apadene kabeh wong, kangkagolong trah Imam Agung. 7Rasul Petruslan Rasul Yokanan banjur diladekake marangngarsaning parepatan tuwin wiwit dipriksa

Page 512: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 4.8–13 17

kalawan didangu mangkene: “Panggawemukang mangkono mau kalawan panguwasaapa lan atas jenenge sapa?” 8Rasul Petrus,kapenuhan ing Sang Roh Suci, tumuli matur:“Kula nuwun, para pangajenging bangsasaha para pinisepuh, 9 sarehning sapunikakula sami kapriksa bab pandamel saedhateng tiyang sakit saha kedah nerangakenkalayan panguwaos ingkang pundi tiyangpunika anggenipun kasarasaken, 10pramilapanjenengan sadaya dalah sabangsa Israelsami kula aturi uninga, bilih punika margisaking asmanipun Gusti Yesus Kristus sakingNasaret, ingkang sampun panjenengan salib,nanging ingkang sampun kawungokakensaking antawisipun tiyang pejah dening GustiAllah -- inggih margi saking Gusti Yesuspunika tiyang punika saged ngadeg, pinanggihsampun saras wonten ing ngarsa panjenengansapunika. 11Gusti Yesus punikasela ingkang kabucal dening para juru yasa

padaleman-- inggih punika panjenengan piyambak --ewadene sampun dados selaning pepojok.

12Kaliyan malih boten wonten karahayonwonten ing sintena kemawon, kajawi wontening Panjenenganipun, amargi ing sakurebinglangit punika boten wonten asma sanesipuningkang kaparingaken dhateng manungsa,ingkang dados margining karahayon kita.”13Bareng parepatan nguningani kakendelane

Rasul Petrus lan Rasul Yokanan mangka mirsa,yen karone iku wong lumrah lan dudu wong

Page 513: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 4.14–21 18

pasinaon, banjur padha kaeraman, sartapadha ora pangling, yen loro-lorone iku padhadadi pandhereke Gusti Yesus. 14Nangingsarehne padha mirsani wong kang diwarasakeiku ngadeg ana ing sandhinge para rasul, dadiora bisa mabeni apa-apa. 15Para rasul tumulididhawuhi metu saka ing papan parepatan,pradata banjur pirembagan, 16pangandikane:“Tiyang punika kedah kita punapakaken?Awit sampun nyata, tumrap sadaya tiyangingkang manggen ing kitha Yerusalem, bilihkekalihipun sami ngawontenaken satunggalingmukjijat ingkang nyolok, ingkang boten sagedkita selaki. 17Namung kemawon supados babpunika sampun ngantos saya sumebar wontening satengahing tiyang kathah, prayoginipuntiyang kalih punika kita ancam saha kita awisi,supados sampun ngantos pirembagan malihkaliyan sintena kemawon atas asma punika.”18Bareng karone wis didhawuhi lumebu, padhadidhawuhi supaya babar pisan aja rembuganutawa memulang maneh kalawan asmaneGusti Yesus. 19Nanging Rasul Petrus lan RasulYokanan padha mangsuli: “Panjenengan kulaaturi nggalih piyambak, pundi ingkang lereswonten ing ngarsaning Allah: nurut dhatengpanjenengan sadaya punapa dhateng GustiAllah. 20Amargi tumrap kula sadaya botensaged kendel anggen kula sami pirembaganbab punapa ingkang sampun sami kula tingalisarta ingkang sampun sami kula pireng.”21Pradata saya banget anggone ngancammarang para rasul mau, nanging wekasan iya

Page 514: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 4.22–27 19

banjur padha dililani mundur, sabab parepatanora manggih bab kang kena diagem ngukum,amarga ajrih marang wong akeh, kang padhangluhurake asmane Gusti Allah, awit sakaanane bab kang mentas kalakon. 22 Jalaranwong kang kawaluyakake dening mukjijat ikuumure wis luwih saka patang puluh taun.

Pandongane pasamuwan

4:23-3123Sawise kaluwaran Rasul Petrus lan

Rasul Yokanan banjur tindak menyang ingpanggonane mitra-mitrane sarta banjurnyariyosake bab apa kang wis didhawuhakedening para pangareping imam lan parapinituwa. 24Bareng para mitrane krungu babiku, banjur padha bebarengan nyebut marangGusti Allah, unjuke: “Dhuh Pangeran, Padukaingkang nitahaken langit, bumi, sagantentuwin saisinipun sadaya, 25 sarta ingkangsampun ngandika kanthi pakaryaning SangRoh Suci lumantar abdi Paduka Prabu Dawud,leluhur kawula sadaya, makaten:Yagene para bangsa padha waringuten,lan para suku-bangsane padha ngangen-

angen prakara kang tanpa guna?26Para raja ing donya padha siyaga lan

para panggedhe padha nglumpuk areplumawan marang Pangeran lan marangJebadane.

27Awitdene sayektosipun Sang PrabuHerodhes saha Sang Pontius Pilatus, kaliyan

Page 515: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 4.28–33 20

para bangsa tuwin suku-bangsa Israel sampunsami nglempak wonten ing kitha ngriki,sumedya ngayoni Gusti Yesus, Abdi Padukaingkang suci, ingkang Paduka jebadi 28 saminglampahi sadaya ingkang sampun Padukatamtokaken wiwit sakawit kanthi panguwaossaha margi saking karsa Paduka. 29Denesapunika, dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaanguningani ing pangancamipun dhatengkawula sadaya, saha para abdi Padukamugi sami kaparingana kekendelan ing babmartosaken pangandika Paduka. 30MugiPaduka karsaa mulungaken asta Paduka,ingkang ndhatengaken kasarasan, punapadene ngawontenaken pratandha-pratandhasaha mukjijat-mukjijat kalayan asmanipunGusti Yesus, Abdi Paduka ingkang suci.”31Nalika padha ndedonga iku, panggonanekumpulan banjur gonjing, sarta kabeh padhakapenuhan ing Roh Suci, tuwin tumuli padhamartakake pangandikaning Allah kalawankendel.

Pitepungane para warganing pasamuwan

4:32-3732Anadene sagolonganing wong kang wis

pracaya iku padha tunggal ati lan tunggal budi,lan ora ana wong siji-sijia kang rumangsa,yen barang kang kadarbe iku duweke dhewe,nanging samubarang kabeh padha dianggepdadi duweking ngakeh. 33Sabanjure para rasulanggone nekseni bab wungune Gusti Yesus

Page 516: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 4.34–5.4 21

kalawan panguwasa kang gedhe sarta kabehpadha kaluberan ing sih-rahmat. 34Sabab oraana wong siji-sijia ing panunggalane kangkekurangan, amarga kabeh wong kang duwepalemahan utawa omah, iku padha diedol,pepayone digawa 35diladekake marang ingngarsane para rasul, banjur diedum-edummarang saben wong, manut kabutuhane.36Samono uga Yusuf, kang diparabi Barnabas

dening para rasul tegese anaking panglipur,wong Lewi saka ing pulo Siprus. 37 Iku duwepategalan, diedol, dhuwit pepayone banjurdigawa kaladekake marang ing ngarsane pararasul.

Ananias lan Safira

5:1-11

51Ana wong liyane, jenenge Ananias karobojone aran Safira, adol palemahan.

2Kanthi sarujuke bojone dheweke ngunthetsaperangane pepayone iku, dene liyane banjurdigawa diladekake marang ing ngarsanepara rasul. 3Nanging Rasul Petrus ngandika:“Ananias, yagene atimu kaejegan deningIblis, kongsi kowe nggorohi Sang Roh Sucisarta ngunthet saperangane pepayoningpalemahan iku? 4Saupama palemahan ikuora diedol, apa iku ora tetep dadi duwekmu,lan sawise diedol, apa pepayone iku ora tetepkokkuwasani? Yagene kowe kok ngrancangpratingkah mangkono ana ing atimu? Dudumanungsa kang kokgorohi, nanging Gusti

Page 517: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 5.5–12 22

Allah.” 5Bareng Ananias krungu pangandikamangkono iku, banjur ambruk apegat nyawa,temah wong kabeh kang krungu bab iku padhawedi banget. 6Para nonoman tumuli padhateka, ngulesi mayite, banjur digotong metusarta dikubur.7Sawise watara telung jam bojone Ananias

lumebu, nanging ora sumurup apa kangmentas kalakon. 8Rasul Petrus ngandikamarang dheweke: “Aku kandhanana,apa palemahane kokedol kalawan regasamono?” Wangsulane wong wadon iku:“Inggih samanten.” 9Pangandikane RasulPetrus: “Yagene kowe sakloron padha ayonnyoba marang Rohing Pangeran? Delengen,wong-wong sing mentas ngubur bojomupadha ngadeg ana ing ngarep lawang, iku ugabakal nggotong kowe metu.” 10Wong wadoniku banjur ambruk sanalika iku uga ana ingngarsane Rasul Petrus lan apegat nyawa.Nalika para nonoman padha lumebu, dheweketinemu wis mati, banjur digotong metulan dikubur sandhing sing lanang. 11Wongsapasamuwan kabeh sarta wong kang krungubab iku padha banget wedine.

Para rasul padha nindakake pratandha lankaelokan, temah pasamuwan saya mekar

5:12-1612Anadene para rasul padha nganakake

pratandha lan mukjijat akeh ana ing antaranewong akeh. Kabeh wong kang padha pracaya

Page 518: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 5.13–20 23

tansah padha nglumpuk ana ing BangsalSuleman ing sajrone patunggalan kangraket. 13Wong-wong liyane ora ana kangwani ngemori, nanging wong akeh padhabanget anggone ngajeni marang pararasul. 14Karodene cacahe wong kang padhapracaya marang Gusti saya wuwuh-wuwuh,lanang lan wadon, 15malah padha nggawawong-wong kang lara menyang ing dalangedhe, kaselehake ing amben utawa kasur,supaya manawa Rasul Petrus langkung,saora-orane katiban wayangane. 16Dalah sakaing kutha-kutha ing sakubenging Yerusalempadha teka gumrudug nggawa wong kangpadha lara utawa kang padha kabidhung ingroh reged. Kabeh padha kawaluyakake.

Para rasul padha kacepeng, nangingbanjur kaluwaran dening malaekat

5:17-2517Wasana, marga saka bangeting drengkine,

Imam Agung lan para pandhereke, yaikuwong-wong saka golongan Saduki, padhatumandang. 18Para rasul padha dicepeng landilebetake ing pakunjaran kutha. 19Nangingbareng bengi ana malaekate Pangeran kangngengakake lawang-lawange pakunjaranmau lan banjur ngirid metu para rasul, sartangandika: 20 “Padha menyanga ing PadalemanSuci, ngadega lan nggelarna sakabehepangandikaning urip iku marang wong akeh.”

Page 519: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 5.21–25 2421Para rasul padha mbangun miturut marang

piweling mau sarta bareng bangun esuk,padha lumebet ing Padaleman Suci lan banjurwiwit memulang ana ing kono. Nalika samanaImam Agung lan para pandhereke dhawuhmarang Pradata Agama supaya marepat,yaiku pakumpulane para pinituwaning bangsaIsrael, sarta banjur dhawuh marani para rasulmenyang ing pakunjaran. 22Nanging barengpara abdi tekan ing pakunjaran, para rasul oraketemu ana ing kono. Banjur padha bali ngaturiuninga, 23ature: “Wau pakunjaran pinanggihtaksih kuncen kekah, sarta sadaya tiyang jagiwonten ing papan panjagenipun ing ngajengkori, nanging sareng kula wengakaken, ingnglebet pinanggih boten wonten tiyangipunsatunggal-tunggala.” 24Bareng lelurahePadaleman Suci lan para pangareping imamkrungu katrangan mangkono iku, padha kuwuratine, baya kapriye bakal kadadeane kangmangkono iku. 25Nanging banjur ana wongteka kang pratela: “Kauningana, tiyang-tiyangingkang sampun panjenengan lebetaken ingpakunjaran punika wonten ing Padaleman Sucimemulang dhateng tiyang kathah.”

Page 520: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 5.26–32 25

Para rasul ana ingngarsane Pradata Agama.

Pamrayogane Sang Gamaliel

5:26-4226Lurah jagabaya lan para punggawane

banjur padha menyang ing PadalemanSuci, nyepeng para rasul, nanging orakanthi roda-peksa, jalaran wedi, manawadibenturi watu wong akeh. 27Karone diiridlan diajokake marang ing ngarsane PradataAgama. Imam Agung nuli wiwit ndangu,28pangandikane: “Kowe rak wis padhadakwanti-wanti aja memulang atas Jenengkuwi? Nanging nyatane, kutha Yerusalem wiskokkebaki piwulangmu, lan kowe sumedyanekakake walate getihe Wong iku marangaku.” 29Rasul Petrus lan para rasul banjurpadha mangsuli, ature: “Kita kedah langkungmbangun turut dhumateng Gusti Allahkatimbang dhateng manungsa. 30Allahipunleluhur kita sampun ngwungokaken GustiYesus, ingkang sampun panjenengan gantunging kajeng salib saha panjenengan sedani.31 Inggih Panjenenganipun punika ingkangsampun sinengkakaken ing ngaluhur deningGusti Allah piyambak kalayan astanipuningkang tengen, kajumenengaken dadosPanuntun tuwin Juru-wilujeng, supados Israelsaged mratobat saha tampi pangapunteningdosa. 32Wondene kula ingkang sami dados

Page 521: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 5.33–38 26

seksinipun prakawis punika sadaya, kulasadaya saha Sang Roh Suci, ingkang sampunkaparingaken dening Gusti Allah dhatengsadaya tiyang ingkang mbangun miturutdhumateng ing Panjenenganipun.” 33Mirengatur mangkono iku, kabeh padha rumangsakecocog panggalihe sarta banjur padhangangkah nyedani para rasul.34Nanging ana sawijining priyayi Farisi,

asma Gamaliel, ahli Toret kang kajen bangetana ing antarane wong akeh, kang nulijumeneng sarta mundhut, supaya para rasulpadha didhawuhana metu sadhela. 35Sawisemangkono banjur ngandika: “Para sadherekIsrael, kula aturi sami nggalih-nggalihsaestu, punapa ingkang badhe panjenengantandukaken dhateng tiyang-tiyang punika!36Amargi kala rumiyin sampun muncul punTeudas, ingkang ngaken tiyang linangkungsaha ingkang gadhah bala kirang langkungtiyang kawan atus; nanging piyambakipunlajeng dipun pejahi, para panganutipun sadayasami buyar saha sirna. 37Sesampunipunpiyambakipun, nalika dipun wontenakencacah-jiwa, pun Yudas muncul, tiyangGalilea. Kathah tiyang ingkang kasered ingpambalilanipun, nanging piyambakipun inggihtiwas, sadaya panganutipun sami buyar.38Awit saking punika atur kula dhatengpanjenengan sadaya: Sampun tumindakpunapa-punapa tumrap tiyang-tiyang punika.Sami kaetogna kemawon, awit manawikakajengan saha pandamelipun punika

Page 522: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 5.39–6.2 27

asalipun saking manungsa, tamtu badhesirna, 39nanging manawi asalipun sakingGusti Allah, panjenengan sadaya boten badhesaged nyirnakaken tiyang-tiyang punika;bokmanawi mangke badhe kabukten ugi, bilihpanjenengan sami lumawan dhumateng GustiAllah.” Pamrayoga iku diturut. 40Para rasulpadha ditimbali lan disapu sarta dilarang, orakena memulang atas Asmane Yesus. Sawisemangkono padha kelilan mundur.41Para rasul padha mundur saka ing ngarsane

Pradata Agama kalawan bungah, jalaran wuspadha kaanggep pantes nandhang kawiranganmarga saka Asma Yesus. 42Sarta saben dinapadha mbacutake anggone memulang ana ingPadaleman Suci lan ana ing omah-omah tuwinmartakake Injil, kang mratelakake, yen SangKristus iku Gusti Yesus.

Pasamuwan saya mekar.

Milih wong pitu kadadekakejuru-pamulasara

6:1-7

61 Ing nalika iku, bareng cacahe para siswasaya wuwuh, tumuli thukul pangumel-umel

ing antarane wong-wong Yahudi kang basaneYunani marang wong-wong Ibrani, amargaanggone nyadhongi para randhane ing paladensaben dinane kalirwakake. 2Mulane rasulrolas banjur nimbali kabeh para siswa, padhadiklumpukake lan dipangandikani: “Aku padha

Page 523: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 6.3–9 28

rumangsa ora marem, dene marga saka leladimangan banjur nglirwakake pangandikaningAllah. 3Mulane, para sadulur, padha milihawong pitu saka ing antaramu, kang wuskatitik becik, lan kapenuhan ing Roh sartakawicaksanan, supaya kenaa dakangkatkanggo bubuhan iku 4 satemah aku kabehbisa ngelengake pikiran ana ing pandonga laning ayahaning pangandika.” 5Usul iku diturutdening wong sapasamuwan kabeh, banjurmilih Stefanus, wong kang kapenuhan ingpracaya lan Roh Suci, sarta Filipus, Prokhorus,Nikanor, Timon, Parmenas, tuwin Nikolaus,wong kang ngrasuk agama Yahudi saka ingAntiokhia. 6Wong iku padha diajokake maranging ngarsane para rasul, kang banjur padhandongakake sarta numpangi asta.7Pangandikaning Allah saya sumebar, sarta

cacahe siswa ing Yerusalem saya mundhakakeh. Dalah para imam akeh kang padhamanut lan manjing pracaya.

Sang Stefanus kacepeng lan kagugat

6:8-158Anadene Sang Stefanus iku penuh ing

rahmat lan panguwasa, nganakake mukjijat-mukjijat lan pratandha-pratandha ana ingantarane wong akeh. 9Nanging banjur anawong sawatara saka pasamuwan Yahudi, kangkaaranan pasamuwane wong Libertini -- parawargane pasamuwan iku wong saka ing kuthaKirene lan kutha Aleksandria -- bebarengan

Page 524: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 6.10–15 29

karo wong Yahudi sawatara saka ing tanahKilikia lan tanah Asia, kang padha bebantahankaro Sang Stefanus, 10nanging padha orabisa nglawan kawicaksanane sarta SangRoh Suci, kang nuntun pamicarane. 11Nulipadha ngojok-ojoki wong sawatara supayapadha duwea atur mangkene: “Kula sampunsami mireng piyambakipun nyenyamahdhumateng Nabi Musa saha Gusti Allah.”12Kanthi patrap mangkono wong-wong maupadha nggegerake wong akeh lan parapinituwa tuwin para ahli Toret; tumuli padhangebyuk marang Sang Stefanus, diglandhangdiladekake marang ing ngarsane PradataAgama, 13 sarta banjur ngajokake seksi-seksipalsu kang padha matur mangkene: “Tiyangpunika boten kendel-kendel anggenipunnglairaken pitembungan ingkang nyenyamahdhateng panggenan suci punika saha dhatengangger-anggering Toret, 14amargi kulasampun sami mireng wicantenipun, bilihYesus, tiyang Nasaret punika badhe mbibrahpanggenan punika tuwin badhe nyantuniadat-tata-cara peparingipun Nabi Musadhateng kita.” 15Kabeh kang padha lenggahing Pradata Agama padha ngawasake marangSang Stefanus, banjur padha mirsa pasuryaneSang Stefanus kaya pasuryaning malaekat.

Page 525: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 7.1–6 30

Sang Stefanus ana ing ngarsane PradataAgama, ngaturake panjawab

7:1-53

71 Imam Agung tumuli ngandika: “Apa iyabener mangkono?” 2Atur wangsulane

Sang Stefanus: “Para sadherek saha parabapa, sumangga sami karsaa midhangetaken.Gusti Allah ingkang Mahamulya sampunngatingal dhateng leluhur kita Rama Abrahamnalika taksih wonten ing tanah Mesopotamia,saderengipun dedalem wonten ing Haran,3 saha mangandikani makaten: Sira lungaasaka ing tanahira lan saka ing sanak sadulurirasarta menyanga ing tanah, kang bakalSuntedahake marang sira. 4Panjenenganipunlajeng linggar saking tanahipun tiyangKasdim, saha dedalem wonten ing kithaHaran. Sasedanipun ingkang rama, lajengkadhawuhan dening Gusti Allah pindhah sakingngriku dhateng ing tanah ngriki, ingkangsami panjenengan dalemi sapunika. 5Wontening ngriku Gusti Allah boten maringi warisandhateng panjenenganipun, malah siti sapecakkemawon boten, nanging paring prajanji,badhe maringaken tanah punika dadoskagunganipun turun-tumurun sanadyan kalasamanten dereng peputra. 6Saha Gusti Allahnunten ngandika, bilih tedhak turunipun badhedados tiyang neneka wonten ing nagari mancapunapa malih badhe kadadosaken rencangtumbasan sarta dipun kaniaya laminipun

Page 526: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 7.7–13 31

kawan atus taun. 7Nanging bangsa kang bakaldikawulani iku -- makaten pangandikanipunGusti Allah -- bakal Sunadili, lan sawise iku,bakal padha metu saka ing kono tuwin bakalngabekti marang Ingsun ana ing panggonankene. 8Gusti Allah lajeng maringi prajanjiantetak dhateng panjenengaipun, sarta makatenanggenipun Rama Abraham peputra Iskak,ingkang nunten dipun supiti ing wolungdintenipun. Dene Rama Iskak nurunakenRama Yakub, tuwin Rama Yakub nurunakenbapa-lajer leluhur kita kalih welas.9Margi saking drengkinipun, para bapa-lajer

kita wau lajeng nyade Yusuf dhateng ing tanahMesir, nanging Gusti Allah nunggil kaliyanpiyambakipun, 10 sarta dipun luwari sakingsakathahing sangsaranipun saha kaparingansih-rahmat tuwin kawicaksanan, nalikawonten ing ngarsanipun Sang Prabu Pringon,nata ing Mesir, lajeng kawisudha deningSang Prabu Pringon dados ingkang ngastapanguwaos tumrap ing tanah Mesir tuwintumrap kratonipun sadaya. 11 Ing saindengingtanah Mesir lan ing tanah Kanaan lajengkedhatengan bebaya pailan saha kasisahanageng, ngantos leluhur kita boten sagedangsal tedha. 12Nanging sareng Rama Yakubmidhanget, bilih ing tanah Mesir wontengandum, lajeng utusan para leluhur kitamrika. Punika ingkang kapisan. 13Sarenglampahipun ingkang kaping kalih, Sang Yusufwaleh dhateng para sadherekipun, satemahasal-usulipun Sang Yusuf lajeng kauningan

Page 527: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 7.14–22 32

dening Sang Pringon. 14Sang Yusuf lajengutusan mboyongi ingkang rama Yakub sahasadaya sanak sadherekipun, cacah jiwawonten pitung dasa gangsal. 15Rama Yakublajeng tindak dhateng Mesir, wasana sedadalah leluhur kita. 16Layonipun sami kabektadhateng ing kitha Sikhem, kasarekakenwonten ing pasarean, ingkang sampun dipunpundhut dening Rama Abraham kalayan artasalaka saking para putranipun Sang Hemor ingSikhem. 17Nanging saya celak kalampahaningprajanji ingkang dipun paringaken deningGusti Allah dhateng Rama Abraham, bangsawau saya mindhak kathah wonten ingMesir, 18ngantos wonten ratu sanes ingkangngasta peprentahan ing tanah Mesir, ingkangboten ngretos bab Yusuf. 19Ratu punikangempakaken paekan dhateng bangsa kita,para leluhur kita dipun siya-siya saha dipunpurih mbucali bayi-bayinipun, supados bangsakita punika sampun ngantos tumangkar. 20Kalasamanten punika Nabi Musa miyos, rupinipunbagus saha dados keparenging Allah, lajengkagulawenthah wonten ing dalemipun ingkangrama tigang wulan laminipun. 21Lajengkabucal, nanging tumunten kapupu deningputranipun putri Sang Prabu Pringon, ingkangdhawuh nggulawenthah kados putranipunpiyambak. 22Nabi Musa nunten kawulanging bab kasagedanipun tiyang Mesir sadaya,satemah lajeng kadunungan kalangkunganmicara saha ing pandamel.

Page 528: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 7.23–30 3323Sareng sampun yuswa kawan dasa taun,

panjenenganipun kagungan karsa badhenuweni para kadangipun inggih punika tiyangIsrael. 24Nalika punika panjenenganipunmirsa tiyang dipun kaniaya dening tiyangMesir, nunten dipun pitulungi saha dipunbelani, tiyang Mesir wau dipun pejahi.25Pangintenipun, para kadangipun badhemangretos, bilih panjenenganipun dipun agemdening Gusti Allah ngluwari piyambakipunsadaya, nanging sami boten mangretos.26Enjingipun panjenenganipun rawuh malih,kapinujon wonten tiyang Israel kalih ingkangsaweg kekerengan, tumunten mbudidayabadhe ngrukunaken, pangandikanipun:Para sadulur, kowe iku rak padha sadulur?Yagene kok padha siya-siniya? 27Nangingtiyang ingkang daksiya dhateng kancanipunpunika lajeng mabeni Nabi Musa, aturipun:28Sinten ingkang ngangkat panjenengandados pangageng saha jeksa kula? Punapapanjenengan kagungan karsa badhe mejahikula, kadosdene anggen panjenengan mejahitiyang Mesir kala wingi punika? 29Sarengmidhanget atur makaten punika, Nabi Musalajeng lolos saha dados tiyang neneka wontening tanah Midian. Wonten ing ngriku peputrakakung kalih.30Sareng sampun kawan dasa taun, lajeng

wonten satunggaling malaekat ingkangngatingal dhateng ing panjenenganipunwonten ing ara-ara samun ing redi Sinai,wonten ing salebeting latu murub ing grumbul

Page 529: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 7.31–37 34

eri. 31Nabi Musa eram mirsani tetingalanpunika, saha sareng nyelak badhe niti-priksa,nunten midhanget swaraning Pangeranmakaten: 32 Ingsun iki Allahe leluhurira,Allahe Abraham, Iskak lan Yakub. Nabi Musasatemah gumeter saha ajrih mirsani. 33Lajengdipun pangandikani dening Pangeran: Uculanatrumpahing sikilira, amarga panggonankang sira idak iku bumi kang suci. 34 Ingsunwus nggatosake kalawan temenan marangkasangsaraning umatingSun kang ana ingtanah Mesir, sarta wus miyarsakake ingpasambate, tuwin Ingsun wus tumedhak bakalngluwari; mulane mrenea, sira bakal Sunutusmenyang ing tanah Mesir.35Nabi Musa punika, ingkang sampun

dipun tampik dening tiyang-tiyang waukaliyan pangucapipun: Sinten ingkangngangkat panjenengan dados pangagengsaha jeksa? -- inggih Nabi Musa punikaingkang kautus dening Gusti Allah dadospangageng sarta juru pangluwaran, lumantarmalaekat, ingkang sampun ngatingal dhatenging panjenenganipun wonten ing grumbuleri. 36 Inggih panjenenganipun punikaingkang ngirid medal tiyang-tiyang wausarana nindakaken mukjijat-mukjijat tuwinpratandha-pratandha wonten ing tanah Mesir,wonten ing Saganten Abrit tuwin wonten ingara-ara-samun, ngantos kawan dasa taundangunipun. 37 Inggih Nabi Musa punikaingkang ngandika dhateng tiyang-tiyangIsrael: Gusti Allah bakal ngadegake nabi

Page 530: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 7.38–42 35

kaya aku iki kanggo ing kowe saka ingantarane para sadulurmu. 38 Inggih NabiMusa punika ingkang dados pantawis wontening salebeting pasamuwan wonten ingara-ara-samun ing antawisipun malaekatingkang nglairaken pangandika dhatengpanjenenganipun wonten ing redi Sinai kaliyanleluhur kita, saha inggih panjenenganipuningkang tampi pangandika-pangandikaingkang gesang, supados kaparingakendhateng panjenengan sadaya. 39Nangingleluhur kita boten sami mbangun-turutdhateng panjenenganipun, malah dipuntampik. Ing salebeting manah sami kapenginwangsul dhateng ing tanah Mesir. 40DhatengSang Harun aturipun makaten: Kulasadaya panjenengan damelaken allah-allahsawatawis, ingkang badhe tindak wonten ingsangajeng kula, amargi Nabi Musa ingkangsampun nuntun kula sadaya medal sakinging tanah Mesir -- kula sami boten sumereping kadadosanipun. 41Kala samanten lajengsami damel rerekan pedhet, sarta brahalapunika nunten dipun sajeni, saha lajeng samisukan-sukan ing bab punapa ingkang dipundamel piyambak punika. 42Gusti Allah lajengmengkeraken tiyang-tiyang wau saha dipunumbar anggenipun sami nyembah dhateng ingwadya-balaning langit, kados ingkang sampunkaseratan wonten ing kitabipun para nabimakaten:Apa sira tau nyaosake kurban sembelehan

lan pisungsung marang Ingsun,

Page 531: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 7.43–49 36

sajrone patang puluh taun ana ingara-ara-samun, heh turune Israel?

43Ora tau, malah sira padha ngusung tarubeMolokh lan lintange dewa Refan,

reca-reca kang padha sira gawe sarta siradadekake sesembahan.

Mulane sira bakal Sunbuwang nganti tekaning sisih kananing tanah Babil.

44Tarubing Paseksen wonten ing satengahingleluhur kita wonten ing ara-ara-samun,ingkang kayasa awit saking dhawuhipun GustiAllah dhateng Nabi Musa, miturut tuladhaingkang sampun dipun tingali. 45Tarub wautinampen dening leluhur kita sarta lajengkabekta lumebet dhateng ing tanah punikakalayan katuntun dening Yusak, inggihpunika nalika tanah punika karebat sakingbangsa-bangsa sanes, ingkang kakesahakendening Gusti Allah saking sangajengingleluhur kita; makaten ngantos dumugijamanipun Sang Prabu Dawud. 46SangPrabu Dawud sampun tampi sih-rahmatwonten ing ngarsanipun Gusti Allah sahanyuwun, pinarengna ngadegaken satunggalingpadaleman kagem Allahipun Rama Yakub.47Nanging Sang Prabu Suleman ingkang yasapadaleman kagem Gusti Allah. 48Namungkemawon Ingkang Mahaluhur boten dedaleming yeyasaning tanganipun manungsa, kadosingkang kapangandikakaken dening nabimakaten:49Langit iku dhamparingSun,

Page 532: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 7.50–55 37

sarta bumi iku ancik-ancikingsampeyaningSun.

Padaleman apa kang bakal sira yasa kagemIngsun?

mangkono pangandikaning Pangeran, utawaapa panggonan palerebaningSun?

50Apa dudu astaningSun piyambak kangyasa samubarang iki kabeh?

51Heh, tiyang ingkang sami wangkot lanikutan ing manah sarta ing kuping, sampeyantansah sami nglawan Sang Roh Suci, samikados leluhur sampeyan, inggih makaten ugisampeyan sadaya. 52Nabi-nabi punika pundiingkang boten dipun kaniaya dening leluhursampeyan. Malah sami mejahi tiyang-tiyangingkang langkung rumiyin memeca babrawuhipun Sang Sunyata, ingkang sapunikasampun sampeyan cidra lan sampeyansedani. 53 sampeyan sampun sami tampiangger-anggering Toret, ingkang dipunparingaken lumantar para malaekat, nangingsami boten sampeyan tetepi.”

Sang Stefanus disedani

7:54--8:1a54Bareng para warganing Pradata Agama

mireng iku mau kabeh, padha rumaos kecocogpanggalihe sarta padha nglawan kalawankerot-kerot waja. 55Nanging Sang Stefanuskapenuhan ing Roh Suci, tumenga marang inglangit, banjur mirsa kamulyaning Allah lanGusti Yesus jumeneng ing tengening Allah.

Page 533: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 7.56–8.3 3856Nuli ngandika: “Sanyata, aku weruh langitpiyak lan Putraning Manungsa jumenenging tengening Allah.” 57Wong-wong nulipada bengok-bengok nempuh marang SangStefanus kalawan nutupi kupinge. 58Banjurdiglandhang menyang ing sajabaning kutha,lan dibenturi watu. Para seksi padha cuculjubah ana ing ngarepe wong nom-noman kangjenenge Saulus. 59Sang Stefanus sajronedibenturi watu mau, ndedonga unjuke: “DhuhGusti Yesus, mugi karsaa nampeni roh kawula.60Kalawan jengkeng nuli nguwuh seru: “DhuhGusti, dosa punika mugi sampun Padukatempahaken dhateng tiyang-tiyang punika.”Sajrone munjuk mangkono iku banjur seda.

81Saulus uga nyarujuki ing bab sedaneSang Stefanus.

Pasamuwan ing Yerusalemwiwit dikaniaya

8:1b-3(8-1b) Ing nalika iku pasamuwan ing

Yerusalem wiwit nandhang panganiaya kangbanget. Kabeh padha buyar, pating slebarana ing tlatah Yudea lan Samaria, kajabapara rasul. 2Para wong saleh padha nguburlayone Sang Stefanus, sarta banget anggonepadha nangisi. 3Nanging Saulus ngudimarang sirnane pasamuwan, saben omahdileboni, wong lanang lan wong wadon padhadiglandhangi lan dipasrahake marang ingpakunjaran.

Page 534: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 8.4–12 39

Sang Filipus ana ing Samaria

8:4-254Wong-wong kang buyar mau padha

ndlajahi ing satanah kabeh karo ngabarakeInjil. 5Lan Sang Filipus tindak menyang ingsawijining kutha ing tanah Samaria martakakebab Sang Mesih marang wong-wong ingkono. 6Nalika wong akeh ngrungokakeapa kang diwartakake dening Sang Filipussarta nyumurupi pratandha-pratandha kangdianakake, banjur padha saiyeg nampanipawartane iku. 7Amarga wong akeh kangpadha kapanjingan dhemit, dhemite padhametu kalawan nguwuh-uwuh sora, lan ugaakeh wong lumpuh sarta wong pincang kangpadha diwarasake, 8 temahan wong ing kuthakono padha bungah banget.9Kacarita ing kutha kono ana wong

jenenge Simon, kang wiwit biyen nindakakepasikhiran lan gawe erame rakyat Samariaapadene ngaku-aku wong kang pinunjul.10Wong-wong, gedhe, cilik, padha nganutmarang dheweke, pangucape: “Wong ikiapangawak panguwaosing Allah kang kasebutSang Panguwaos Agung.” 11Mulane padhangedhep marang dheweke, jalaran wis suweanggone gawe erame sarana pasikhirane.12Nanging saiki padha pracaya marang SangFilipus, kang martakake Injile Kratoning Allahsarta bab asmane Gusti Yesus Kristus tuwinpadha kabaptis, wong lanang dalasan wong

Page 535: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 8.13–22 40

wadon. 13Simon dhewe iya manjing pracayalan sawise dibaptis, tansah ngraketi marangSang Filipus sarta sumlengeren nyumurupipratandha-pratandha lan mukjijat-mukjijatlinuwih kang tumindak.14Bareng para rasul ing Yerusalem padha

midhanget, yen wong ing tanah Samaria wispadha nampani pangandikaning Allah, RasulPetrus lan Rasul Yokanan padha kautus mrana.15Sarawuhe ing kono karone banjur padhandedonga, supaya wong-wong ing Samariapadha kaparingan Roh Suci. 16Amarga RohSuci durung tumendhak marang wong siji-sijiaing antarane wong-wong mau, awit mungpadha dibaptisi ing asmane Gusti Yesus.17Mulane kabeh banjur padha katumpanganasta dening para rasul mau, satemah padhakatedhakan ing Roh Suci. 18Bareng Simonsumurup, yen anggone padha pinaringanRoh Suci iku marga katumpangan astanepara rasul, dheweke banjur ngaturi dhuwitmarang para rasul, 19kalawan matur: “Kulamugi kaparingana kasekten punika ugi,supados tiyang ingkang kula tumpangi tangan,inggih lajeng katedhakan ing Roh Suci.”20Nanging Rasul Petrus banjur ngandikamarang dheweke: “Dhuwitmu kenaa ing rusakbareng karo kowe, amarga kowe ngira, yenkowe bisa tuku peparinging Allah nganggodhuwit. 21Kowe ora duwe panduman utawawewenang tumrap prakara iki, amarga atimuora jujur ana ing ngarsane Gusti Allah.22Mulane mratobata saka ing pialamu iki

Page 536: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 8.23–30 41

sarta ndedongaa marang Pangeran, supayaniyating atimu iki kaapura, 23amarga akusumurup, yen atimu iku wis kayadene rempelukang pait lan kajiret ing piala.” 24Simonmangsuli, ature: “Mugi panjenengan karsaandongakaken kula dhateng Pangeran, supadossadaya pangandika panjenengan tumrap kulapunika sampun ngantos kelampahan.”25Para rasul mau sawise paring paseksen lan

martakake bab pangandikaning Gusti banjurpadha kondur menyang Yerusalem sartasadalan-dalan padha nggiyarake Injil ing desaakeh ing tanah Samaria.

Sang Filipus lan priyagung Etiopia

8:26-4026Tumuli ana sawijining malaekating

Pangeran kang ngandika marang SangFilipus, mangkene: “Ngadega, lan mangkatamangidul metu ing dalan kang mudhunsaka ing Yerusalem menyang ing kuthaGaza.” Dalan iku sepi. Sang Filipus banjurtindak. 27Tumuli ana wong Etiopia, sawijiningpriyagung panjaga kaputren, kapala jurugedhonge Sri Kandhake, nata putri ing nagaraEtiopia, kang tindak menyang Yerusalemprelu nindakake pangibadah. 28Nalikasamono panjenengane lagi tindak kondurnitih kreta karo maos kitabe Nabi Yesaya.29Sang Filipus banjur kadhawuhan deningRoh: “Mronoa, cedhakana kreta iku!” 30SangFilipus banjur enggal-enggal murugi lan

Page 537: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 8.31–37 42

mireng priyagung iku lagi maos kitab NabiYesaya. Sang Filipus matur: “Panjenenganpunapa mangretos ingkang panjenengan waospunika?” 31Paring wangsulane: “Kadospundianggen kula saged mangretos, manawi botenwonten ingkang nuntun?” Sang Filipus banjurdidhawuhi minggah lan lenggah ing sandhinge.32Anadene nas kang diwaos iku surasanemangkene:Kayadene wedhus Panjenengane katuntun

bakal disembeleh,lan kaya cempe kang ora nyuwara ana ing

ngarepe kang mbathili,mangkono anggone Panjenengane ora

mbikak tutuke.33Sajroning kaasorane paukumane

kaetrapake;sapa kang bakal martakake asal-usule?Sabab nyawane kapulung saka ing bumi.

34Priyagung mau banjur ngandika marangSang Filipus: “Kula pitaken dhatengpanjenengan, sinten ingkang dipunpangandikakaken dening nabi punika? Punapasariranipun piyambak punapa tiyang sanes?”35Sang Filipus tumuli wiwit cariyos, wiwitsaka nas iku, banjur martosake Injile GustiYesus. 36Sakarone padha nglajengake tindake,nuli rawuh ing papan kang ana banyune.Priyagung mau banjur ngandika: “Lah punikawonten toya. Punapa wonten pambenganipun,bilih kula dipun baptis?” 37Atur wangsulaneSang Filipus: “Manawi panjenengan pitadoskanthi gumolonging panggalih, kenging.”

Page 538: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 8.38–9.3 43

Paring wangsulane: “Kula pitados, bilihGusti Yesus Kristus punika Putraning Allah.”38Priyagung Etiopia mau banjur dhawuhngendhegake kretane lan karone nuli padhamandhap menyang ing banyu, Sang Filipuslan priyagung mau, sarta priyagung iku nulidibaptis dening Sang Filipus. 39Bareng karonewis padha mentas saka ing banyu, RohingPangeran tumuli mulung Sang Filipus, lan orakasumurupan dening priyagung iku maneh.Panjenengane banjur nglajengake tindakekalawan renaning panggalih. 40Nanging SangFilipus jebul ana ing kutha Asdod, tindaknglangkungi ing tlatah kono sarta ngabarakeInjil ana ing kutha-kutha kono kabeh ngantitumeka ing kutha Kaisarea.

Saulus mratobat

9:1-9

91Anadene Saulus atine isih kebakpangancam-ancam sarta pangigit-igit

arep mateni para siswane Gusti, banjur sebamarang ngarsane Imam Agung, 2 lan nyuwunlayang kuwasa kang arep digawa menyang ingpapan-papan pangibadah ing Damsyik, supayasamangsa mrangguli wong lanang utawawong wadon kang padha nganut MarginingGusti, banjur bisa dicekel lan digawa menyangYerusalem.3Sajrone lumaku iku, bareng wis cedhak

karo kutha Damsyik, dumadakan nuli anacahya cumlorot saka ing langit kang nglimputi

Page 539: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 9.4–12 44

dheweke. 4Tumuli niba ing lemah sarta krunguswara kang mangandikani mangkene: “Saulus,Saulus, yagene sira nganiaya marang Ingsun?”5Atur wangsulane Saulus: “Paduka punikasinten, Gusti?” Pangandikane Gusti: “Ingsuniki Yesus, kang sira kaniaya iku. 6Nangingngadega, lumebua ing kutha, ana ing kono sirabakal didhawuhi apa kang kudu sira lakoni.”7Anadene wong-wong kang dadi kanthininglakune, padha njenger, marga pancen padhakrungu swara mau, nanging ora ndelengwong siji-sijia. 8Saulus banjur ngadeg lanngelekake mripate, nanging ora bisa ndelengapa-apa. Tumuli dituntun lumebu menyang ingkutha Damsyik. 9Nganti telung dina lawaseanggone ora bisa ndeleng sarta ora manganlan ngombe.

Saulus kabaptis dening Ananias

9:10-19a10 Ing Damsyik ana sawijining siswane Gusti

jenenge Ananias, iku didhawuhi dening Gustiing sajroning wahyu: “Ananias!” 11Unjuke:“Kawula, Gusti.” Dhawuhe Gusti: “Ngadega,menyanga ing lurung kang aran LurungKenceng, menyanga ing omahe Yudas,golekana wong kang saka ing kutha Tarsuskang jenenge Saulus, saiki lagi ndedonga,12 lan sajroning wahyu weruh wong aranAnanias kang lumebu sarta numpangi tangan,supaya bisa ndeleng maneh.”

Page 540: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 9.13–19 4513Ananias mangsuli, unjuke: “Gusti,

kawula sampun mireng saking tiyangkathah bab tiyang punika, bilih kathahsanget piawon ingkang dipun tindakakentumrap para suci kagungan Paduka ingkangwonten ing Yerusalem, 14 saha anggenipunmriki punika kalayan mundhi panguwaossaking para pangajenging imam kanggenyepengi sadaya tiyang ingkang nyebutasma Paduka.” 15Ewadene Gusti ngandika:“Wis, sira mangkata, jalaran wong iki pirantipilihaningSun kanggo martakake asmaningSunmarang bangsa-bangsa liya sarta para rajalan wong-wong Israel. 16 Ingsun Piyambakbakal nuduhake marang dheweke, sapirakehing kasangsaran, kang bakal kasandhangawit saka asmaningSun.” 17Ananias tumulimangkat mrono lan lumebu ing omah kono.Saulus banjur ditumpangi tangan sartatembunge: “Saulus, sadulurku, Gusti Yesus,kang wus ngatingal marang kowe ana ingdalan kang kokliwati, iku ngutus aku maranikowe, supaya kowe bisa ndeleng maneh lankapenuhan ing Roh Suci.” 18Padha sanalikakaya-kaya banjur ana kang rupane mempersisik padha runtuh saka ing mripate, satemahbisa ndeleng maneh, banjur ngadeg sartakabaptis. 19Dene sawise mangan, kakuwatanenuli pulih.

Page 541: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 9.20–25 46

Saulus ana ing satengahing para sadulur

9:19b-25(9-19b) Saulus ana ing satengahing para

siswa ing Damsyik sawatara dina. 20Nalikaiku dheweke iya martakake bab Gusti Yesusana ing papan-papan pangibadah sartapratela yen Gusti Yesus iku Putraning Allah.21Kabeh wong kang ngrungokake padhaeram lan ngucap: “Apa iku dudu sing ana ingYerusalem arep numpes wong kang nyebutjenenge Yesus iku, sarta tekane ing keneiku apa ora sumedya nyekeli wong-wongmau banjur diladekake marang ing ngarsanepara pangareping imam?” 22Nanging Saulussaya mundhak gedhe daya-prabawane langawe judheging wong-wong Yahudi kangmanggon ing Damsyik, jalaran anggone awehtandha-yekti, yen Gusti Yesus iku Sang Mesih.23Bareng wis sawatara dina wong Yahudi

padha ngrantam arep mateni Saulus.24Nanging sedya kang ala iku kaweruhandening Saulus. Rina wengi wong Yahudi padhajaga ing saketheng-sakethenging kutha,supaya bisa mateni Saulus. 25Nanging ingwayah bengi banjur disambut dening parasiswane kaudhunake saka ing baluwartiningkutha kawadhahan ing kranjang.

Page 542: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 9.26–31 47

Saulus ana ing Yerusalem, let sawataramangsa kaulihake menyang Tarsus

9:26-3126Satekane ing Yerusalem Saulus banjur

ngudi bisane nunggal karo para siswa, nangingkabeh padha wedi, awit padha ora ngandel,yen dheweke iku uga sawijining siswa. 27Mungbae banjur ditampani dening Barnabas landilantarake marang ing ngarsane para rasulsarta padha dicaritani, bab anggone Saulusana ing dalan dikatingali dening Gusti tuwinanggone diparingi pangandika apadeneanggone memulang kalawan asmane Gustikanthi kendel ana ing Damsyik. 28Sauluslestari tetunggalan karo para rasul ana ingYerusalem lan kanthi kendel memulang ingasmane Gusti, 29apadene uga wawan gunemlan bebantahan karo para wong Yahudikang basane Yunani, nanging iku padhangarah mateni. 30Mung bae, bareng bab ikukasumurupan dening para sadulur warganingpasamuwan, banjur padha ngaterake Saulusmenyang Kaisarea lan saka ing kono mbiyantuanggone menyang ing Tarsus.31Anadene ing sawatara wektu pasamuwan

ing satanah Yudea, Galilea lan Samaria kabehkaanane tentrem, padha kabangun sartapadha wedi-asih marang ing Pangeran. Cacahesaya wuwuh akeh marga saka anggonekapitulungan sarta kalipur dening Sang RohSuci.

Page 543: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 9.32–39 48

Rasul Petrus nyarasake Eneas

9:32-3532Nalika samana Rasul Petrus tindak

mider-mider, tetuwi menyang ing ngendi-endi.Panjenengane uga ngrawuhi para suci ingkutha Lida. 33Ana ing kono mrangguli wongkang aran Eneas, kang wis wolung taunnggluntung ana ing paturon amarga lumpuh.34 Iku dipangandikani dening Rasul Petrus:“Eneas, Gusti Yesus nyarasake kowe; tangialan paturonmu tatanen!” Sanalika iku ugawong mau banjur tangi. 35Kabeh wong ingLida lan Saron padha ndeleng wong mau,satemah banjur padha mratobat marangGusti.

Rasul Petrus nggesangake Dorkas

9:36-4336 Ing kutha Yope ana sawijining siswa wanita

jenenge Tabita (ing basa Yunani: Dorkas).Wong wadon iku akeh banget panggawenebecik lan anggone dedana. 37Nanging nalikasamana dheweke lara banjur tinggal-donya.Sawise disuceni, layone nuli diturokake anaing kamar ndhuwur. 38Lida iku cedhak karoYope. Bareng para siswa padha krungu, yenRasul Petrus ana ing Lida, banjur kongkonanwong loro sowan marang ing ngarsane,ngaturake panyuwun mangkene: “Kula aturienggal rawuh ing panggenan kula!” 39Rasul

Page 544: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 9.40–10.2 49

Petrus nuli enggal-enggal tindak bebarengankaro wong-wong mau. Bareng wis rawuhing kana, banjur didherekake menyang ingkamar ndhuwur sarta kabeh warandha padhangadeg ing sacedhake apadene kalawannangis padha nuduhake kabeh klambi lansandhangan, gaweane Dorkas nalika isih urip.40Nanging kabeh nuli didhawuhi metu deningRasul Petrus. Panjenengane banjur jengkenglan ndedonga. Sawise mangkono nuli mingerngadhepake layon mau sarta ngandika:“Tabita, tangia!” Tabita nuli melek lan barengndeleng Rasul Petrus, banjur njenggeleklinggih. 41Tumuli tangane diasta dening RasulPetrus, dilawani anggone ngadeg. Sawisemangkono nuli nimbali para suci lan parawarandha sarta nedahake, yen wong wadonmau wis urip. 42Lelakon iku sumebar ingsakutha Yope sarta akeh wong kang padhamanjing pracaya marang Gusti. 43Sawisemangkono Rasul Petrus isih lereb ana ingYope sawatara dina ana ing omahe wong aranSimon, tukang samak.

Crita bab Kornelius ingKaisarea lan Petrus.

Kornelius kaparingan wahyu

10:1-8

101 Ing Kaisarea aan wong aran Kornelius,opsir penatus ing pasukan kang diarani

pasukan Itali, 2wong mursid kang ngabekti

Page 545: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 10.3–10 50

marnag Gusti Allah dalah sabrayate kabeh,sarta kang akeh danane marang umat Yahudituwin kang tansah ndedonga marang GustiAllah. 3Watara jam telu awan Kornelius ingsajroning wahyu sumurup kalawan cetha anasawijining malaekating Allah kang lumebeting omahe lan mangandikani: “Kornelius!”4Kornelius mandeng marang malaekat maulan matur kalawan wedi: “Wonten punapa,Gusti?” Paring wangsulane malaekat mau:“Kabeh pandongamu lan sedhekahmu wuspadha sumengka marang ing ngarsaning Allahsarta Gusti Allah enget marang kowe. 5Denesaiki kongkonana wong sawatara menyanging Yope, methuk wong aran Simon, kangapeparab Petrus. 6 Iku mondhok ana ingomahe tukang samak, sing jeneng Simon,kang ana ing pinggir sagara.” 7Sapengkeremalaekat kang mangandikani mangkono mau,Kornelius banjur ngundang bature loro tuwinprajurit siji kang mursid, panunggalane kangtansah tetunggalan kalawan dheweke, 8 sartasawise diwenehi katrangan bab sakabehe, nulipadha dikongkon menyang ing Yope.

Rasul Petrus kaparingan wahyu

10:9-169Esuke nalika kongkonan mau isih padha ana

ing dalan lan wis cedhak karo kutha, watarajam rolas awan, Rasul Petrus minggah ingpayon arep ndedonga. 10Banjur kraos luwe lankapengin dhahar, nanging nalika dhaharan lagi

Page 546: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 10.11–19 51

dicawisake, dumadakan rohe kalimputan ingpanguwasaning Allah, 11panjenengane mirsalangit piyak sarta banjur ana barang kangawujud lawon amba, poncote papat katalenan,kang kaudhunake menyang ing lemah.12Lawon mau isi sawarnaning kewan kangasikil papat, kewan kang rumangkang sartamanuk. 13Tumuli ana swara kapireng kangdhawuh: “Ngadega, heh, Petrus, nyembelehalan mangana!” 14Nanging Petrus munjuk:“Boten Gusti, boten, sabab kawula dereng natenedha punapa-punapa ingkang karam sahanajis.” 15Tumuli kapireng swara maneh kangkaping pindhone kang dhawuh: “Apa kang wuskapangandikakake kalal dening Gusti Allah,aja kokarani karam.” 16Bab iku nganti kalakonkaping telu lan sawise iku lawon mau banjurkaunggahake marang ing langit maneh.

Rasul Petrus nampenikongkonane Kornelius

10:17-2317Nalika Rasul Petrus lagi kodheng ing bab

maknaning wahyu, kang mentas ditampenimau, wong-wong kang dikongkon deningKornelius, sawise takon-takon bab dalempamondhokane Rasul Petrus, wis ana ingngarep regol, 18 sarta banjur nyeluk sawijiningwong lan takon, apa Rama Simon kangapeparab Petrus lereb ana ing kono.19Nalika Rasul Petrus isih nggalih bab wahyu

mau, banjur dipangandikani dening Roh:

Page 547: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 10.20–27 52

“Lah ana wong loro nggoleki sira, 20mulanengadega, mudhuna lan mangkata bebarengankaro wong-wong iku, aja mangu-mangu,sabab Ingsun kang ngutus mrene.” 21RasulPetrus banjur mandhap sarta ngandika marangwong-wong mau: “Iya aku iki kang kokgoleki;apa karepmu mrene?” 22Atur wangsulane:“Kornelius satunggaling opsir ingkangmanahipun mursid saha ngabekti dhatengGusti Allah punapadene ingkang sampunkondhang sae wonten ing antawisipun bangsaYahudi sadaya, sampun tampi wangsitingAllah lumantar malaekat suci, supados ngaturirawuh panjenengan dhateng ing griyanipunsaha mirengaken punapa ingkang badhepanjenengan ngandikakaken.” 23Wong-wongmau banjur didhawuhi nginep ana ing kono.Esuke sawise wungu Rasul Petrus tumuli

tindak bebarengan karo wong-wong mau sartaana wong ing Yope sawatara kang ndherekake.

Rasul Petrus lan Kornelius

10:24-3324Esuke maneh tindake wis rawuh ing

Kaisarea, Kornelius wus ngenteni lan wusngulemi sanak sadulure lan para mitrane.25Bareng Rasul Petrus lumebet ing omah,Kornelius methuk kambi sumungkem ingngarsane sarta sujud. 26Nanging diadegakedening Rasul Petrus kalawan dipangandikani:“Kula aturi jumeneng, kula punika namungmanungsa limrah.” 27Rasul Petrus nuli lumebet

Page 548: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 10.28–33 53

kalawan ngandikan karo Kornelius, banjurkapanggih lan wong akeh kang wis padhanglumpuk. 28Tumuli padha dipangandikanimangkene: “Panjenengan sadaya samimangretos, bilih tiyang Yahudi punika dipunawisi sanget srawungan kaliyan tiyang-tiyangingkang sanes Yahudi utawi lumebet inggriyanipun. Nanging Gusti Allah sampunparing pitedah dhateng kula, bilih kulaboten dipun parengaken mastani tiyangnajis utawi boten resik. 29 Inggih punikasababipun kula lajeng boten kawratan mriki.Ingkang punika kula kapengin sumerep,punapa sababipun dene kula panjenengandhatengaken?” 30Ature Kornelius: “Sakawandinten kapengker ing wekdal kinten-kintensami kaliyan sapunika, inggih punika jam tigasiyang, kula saweg ndedonga wonten ing griya.31Dumadakan wonten satunggaling priyajumeneng ing ngajeng kula, pangagemanipungumilap ingkang lajeng ngandika: Kornelius,pandongamu wis dipiyarsakake dening GustiAllah lan sedhekahmu wis kaengetan anaing ngarsaning Allah. 32Mulane kongkonanawong menyang ing Yope methuk Simon kangpeparab Petrus, kang lagi mondhok ing omaheSimon, tukang samak, ing pinggir sagara.33Awit saking punika kula enggal-enggalkengkenan tiyang sowan panjenengan sahapanjenengan sampun rawuh kalayan renaningpenggalih. Sapunika kula sadaya sampunnglempak ing ngriki, wonten ing ngarsanipunGusti Allah, badhe mirengaken punapa

Page 549: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 10.34–39 54

ingkang kadhawuhaken dening Gusti Allahdhateng panjenengan.”

Rasul Petrus paring piwulang

10:34-4834Rasul Petrus banjur medhar pangandika

mangkene: “Kula sampun saestu mangretos,bilih Gusti Allah boten mbedak-mbedakakentiyang. 35Saben tiyang ingkang kagolongbangsa punapa kemawon, ingkangngabekti dhateng Pangeran saha ingkangnindakaken kaleresan, punika ndadosakening keparengipun Gusti Allah. 36Pangandikaingkang supados kadhawuhaken dhatengtiyang-tiyang Israel, inggih punika pangandikaingkang martosaken bab tentrem-rahayudening Gusti Yesus Kristus ingkangjumeneng dados Gustinipun sadaya tiyang.37Panjenengan sadaya sampun nguninganisamukawis ingkang sampun kelampahanwonten ing saindenging tanah Yudea wiwitsaking ing tanah Galilea, sasampunipunbaptisan ingkang kaundhangaken deningNabi Yokanan, 38 inggih punika bab GustiYesus saking Nasaret: anggenipun jinebadandening Gusti Allah kalawan Roh Sucisaha kasekten, Panjenenganipun ingkangtindak mider-mider kalayan nindakakenkasaenan sarta nyarasaken sadaya tiyangingkang kawasesa dening Iblis, amargi GustiAllah nunggil kalayan Panjenenganipun.39Wondene kula sadaya punapa sami

Page 550: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 10.40–45 55

dados seksi tumrap sadaya ingkang dipuntindakaken wonten ing tanah Yudea sahaing Yerusalem; wasana lajeng kasedanandening tiyang-tiyang sarana kagantung ingkajeng salib. 40 Ing tigang dintenipun GustiYesus punika dipun wungokaken deningGusti Allah saha sampun dados keparengingAllah, bilih Panjenenganipun lajeng ngatingal,41boten dhateng tiyang sabangsa sadaya,nanging dhateng para seksi, ingkangsaderengipun sampun tinuding dening GustiAllah, inggih punika dhateng kula sadayaingkang sampun ndherek nedha lan ngombekaliyan Panjenenganipun, sasampunipunPanjenenganipun wungu saking antawisipuntiyang pejah. 42Punapadene Panjenenganipunsampun paring bebahan dhateng kulasadaya, martosaken dhateng sabangsasadaya saha dados paseksi, bilih inggihPanjenenganipun punika ingkang pinasthidening Gusti Allah dados Hakim tumraptiyang ingkang gesang saha ingkang pejah.43 Inggih Panjenenganipun punika ingkangdipun sekseni para nabi sadaya, bilih sinteningkang pitados dhateng Panjenenganipun,badhe tampi pangapuntening dosa margisaking asmanipun.”44Nalika Rasul Petrus lagi ngandika

mangkono iku, kabeh wong kang ngrungokakepangandika padha katedhakan ing RohSuci. 45Kabeh wong pracaya saka golongantetakan kang ndherekake Rasul Petrus,padha kaeraman, jalaran padha sumurup,

Page 551: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 10.46–11.5 56

yen peparing Roh Suci iku uga kaganjarakemarang bangsa-bangsa liya; 46amarga padhakrungu anggone wong-wong mau banjurpadha calathu nganggo basa warna-warnalan ngluhurake Gusti Allah. Rasul Petrusbanjur ngandika: 47 “Apa ana wong kang bisangalang-alangi wong-wong iki padha dibaptisinganggo banyu, wong wis padha tampaRoh Suci kayadene kita?” 48Banjur dhawuh,supaya wong-wong mau padha dibaptisi ingasmane Gusti Yesus Kristus. Sawise iku nulipadha nyuwun, supaya Rasul Petrus lereb anaing kono sawatara dina.

Rasul Petrus ngaturake panjawab ana ingYerusalem bab baptise Kornelius

11:1-18

111Para rasul lan sadulur-saduluring tanah Yudea padha krungu,

yen bangsa-bangsa liya uga nampanipangandikaning Allah.2Bareng Rasul Petrus rawuh ing Yerusalem

wong-wong golongan tetakan padhapadudon karo panjenengane, 3pangucape:“Panjenengan sampun lumebet ing griyanipuntiyang-tiyang ingkang boten tetak sahadhahar sesarengan kaliyan tiyang-tiyang wau.”4Nanging Rasul Petrus banjur nerangakesamubarang kabeh kanthi urut, pangandikane:5 “Kula saweg ndedonga wonten ing kithaYope, dumadakan roh kula kalimputan ingpanguwaosipun Gusti Allah, kula lajeng

Page 552: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 11.6–13 57

sumerep rerupen: wonten barang ingkangawujud lawon wiyar, gumantung ingponcotipun sakawan kaandhapaken sakinglangit ngantos dumugi ing ngajeng kula.6Sareng kula tamataken, kula sumerepsawarnining kewan wonten ing lebetipun,kewan asuku sakawan, kewan wanan, kewanrumangkang saha peksi-peksi. 7Kula lajengmireng swara ingkang ngandika dhatengkula: Ngadega, heh, Petrus, nyembelehalan mangana! 8Nanging kula matur: Boten,Gusti, boten, amargi dereng nate wontenbarang ingkang karam utawi ingkang botenresik, ingkang lumebet ing cangkem kawula.9Ewadene swara saking swarga wau lajengngandika dhateng kula ingkang kapingkalihipun: Apa kang kapangandikakake deningAllah, yen iku kalal, aja kokarani karam!10Bab punika kalampahan ngantos kapingtiga, sadayanipun nunten kainggahakenmalih dhateng langit. 11Sanalika punikaugi lajeng wonten tiyang tiga ingkangngadeg ing sangajenging griya, ingkangngadeg ing sangajenging griya, ingkang kulapondhoki; tiyang-tiyang wau dipun kengkensaking Kaisarea murugi kula. 12Kula nuntendipun pangandikani dening Roh: Mangkatabebarengan karo wong-wong iku lan ajamangu-mangu! Sadherek nenem punikatumut. Sareng kula lumebet ing griyanipuntiyang wau 13 tiyang punika tumuntennyariyosaken dhateng kula sadaya anggenipunsumerep malaekat jumeneng ing griyanipun

Page 553: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 11.14–19 58

saha ngandika dhateng piyambakipun:Kongkonana wong menyang Yope methukSimon kang apeparab Petrus. 14 Iku bakalaweh pawarta marang kowe, kang bakalnekakake karahayon tumrap kowe dalahsabrayatmu kabeh. 15Sareng kula wiwitwicanten, tiyang-tiyang wau lajeng samikatedhakan ing Roh Suci, sami kadosdenekita kala rumiyin. 16Kula nunten kengetandhateng pangandikaning Pangeran: Yokananmbaptis nganggo banyu, nanging sira kabehbakal kabaptis kalawan Roh Suci. 17Dadosmanawi Gusti Allah maringaken rahmatipundhateng tiyang-tiyang wau sami kadosdenedhateng kula nalika kita wiwit pitados dhatengGusti Yesus Krsitus, kadospundi anggen kulasaged nduwa dhateng Gusti Allah?” 18Barengkrungu kang mangkono iku, banjur padhanrima sarta padha ngluhurake Gusti Allah,pangucape: “Dadine Gusti Allah uga paringpatobat marang bangsa-bangsa liya, kangdadi marganing urip.”

Buyare pasamuwan njalari mekare.

Dumadine pasamuwan Kristenana ing kutha Antiokhia.

Nabi Agabus meca anane pailan

11:19-3019Kacarita marga saka panganiaya kang

tumuwuh sawuse Sang Stefanus kaukum pati,

Page 554: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 11.20–28 59

akeh sadulur kang padha buyar nganti tekaning tanah Fenisia, ing pulo Siprus lan ing kuthaAntiokhia, dene anggone ngabarake Injil mungmarang wong Yahudi.20Nanging ana panunggalane sawatara

wong Siprus lan wong Kirene, kang teka ingAntiokhia lan banjur mawan rembug ugakaro wong-wong Yunani sarta martakake Injilkalawan pratela, yen Gusti Yesus iku Gusti.21Astaning Pangeran nunggil karo wong-wongmau, satemah akeh wong kang manjingpracaya sarta padha mratobat marang Gusti.22Pawarta bab wong-wong mau keprungu

dening pasamuwan ing Yerusalem; Barnabasbanjur kautus dening pasamuwan menyanging Antiokhia. 23Bareng wis tekan ing konolan nyumurupi sih-rahmating Allah, Barnabasbungah sarta mituturi marang wong-wongmau, supaya padha tetep setya marang Gusti,24awit Barnabas iku wong becik, kapenuhaning Roh Suci lan pracaya. Ana wong akehkang padha kawuwuhake ing pasamuwaneGusti. 25Barnabas banjur menyang ing kuthaTarsus nggoleki Saulus. Bareng wis ketemutumuli diajak menyang ing Antiokhia, 26 sartapadha tetunggalan karo pasamuwan ngantisataun lawase, sinambi memulang marangwong akeh. Ana ing Antiokhia kono para siswaanggone wiwit padha kasebut Kristen.27Nalika samana ana nabi sawatara kang

rawuh ing kutha Antiokhia saka ing Yerusalem.28Ana siji kang asma Agabus kang jumenengsarta marga saka kuwaosing Roh ngandika,

Page 555: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 11.29–12.5 60

yen ing saindenging jagad bakal katekanpailan gedhe, kang iya kalakon uga nalikajamane Sang Nata Agung Klaudius. 29Parasiswa banjur padha mutus arep nglumpukakesumbangan miturut sakadare dhewe-dhewe,bakal dikirimake marang para sadulur ingtanah Yudea. 30Bab iku iya kalakon lan banjurdikirimake marang para pinituwa lumantarBarnabas lan Saulus.

Panguya-uyane Sang Prabu Herodhes.

Rasul Yakobus kasedanan.

Rasul Petrus kakunjara

12:1-5

121Kira-kira ing wektu iku Sang PrabuHerodhes wiwit tumindak keras marang

wong pasamuwan sawatara. 2Panjenenganedhawuh nyedani Rasul Yakobus, sadherekeRasul Yokanan, kalawan pedhang. 3Barengmirsa, yen bab iku ndadekake senenge atinewong Yahudi, banjur nglajengake tindake kangmangkono iku sarta dhawuh nahan RasulPetrus. Nalika iku pinuju dina riyaya Roti TanpaRagi. 4Bareng Rasul Petrus wis dicepeng, SangPrabu Herodhes dhawuh supaya dikunjarakanthi dijaga dening prajurit patang regu,saben regu wong papat. Karsane, salebarePaskah bakal kaladekake marang ngarepewong akeh. 5 Iya kaya mangkono iku anggoneRasul Petrus katahan ana ing pakunjaran.

Page 556: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 12.6–10 61

Nanging pasamuwan kalawan nrenthengndongakake panjenengane marang GustiAllah.

Rasul Petrus kaluwaran dening malaekat

12:6-196Nalika bengi sadurunge kaladekake marang

ing ngarepe wong akeh dening Sang PrabuHerodhes, Rasul Petrus sare kaapit deningprajurit loro, kabesta ing rante loro. Kajabasaka iku ing ngarep lawang ana prajurit kangpadha jaga. 7Dumadakan ana sawijiningmalaekate Pangeran jumeneng ing sacelakeRasul Petrus lan sel kono kapadhangan ingcahya. Malaekat mau banjur nyeblek RasulPetrus, supaya wungu kalawan ngandika:“Enggal tangia!” Rantene nuli ucul sakaing astane Rasul Petrus. 8Sang Malaekatbanjur ngandika: “Sabukana lan enggonentrumpahmu!” Iku iya ditindakake. SangMalaekat tumuli ngandika: “Jubahmuenggonen lan ngetutna aku!” 9Panjenenganeiya banjur tindak medal ndherekake malaekatsarta ora mirsa, yen apa kang ditindakakedening malaekat iku kalakon temenan,panyanane mirsa wahyu. 10Bareng wis padhanglangkungi pajagan kapisan lan kapindho,nuli rawuh ing gapura wesi kang anjog ingkutha. Lawange iku menga dhewe. Barengwis rawuh ing jaba, banjur padha tindaktekan ing pungkasaning dalan; dumadakanmalaekat mau banjur nilar panjenengane.

Page 557: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 12.11–17 6211Bareng wis enget wewentehan, RasulPetrus nuli ngunandika: “Saiki aku ngretitemenan, yen Gusti wus ngutus malaekatesarta ngluwari aku saka ing astane SangPrabu Herodhes lan saka ing samubarangkabeh, kang dikarepake dening wong Yahudi.”12Sawise nggalih-nggalih sadhela, banjurtindak menyang ing omahe Maryam, ibuneYokanan kang uga karang Markus. Ing konoakeh wong kang padha nglumpuk ndedonga.13Bareng panjenengane nothok lawang regol,ana abdi wadon jenenge Rodhe teka arepnyumurupi sapa kang thothok-thothok iku.14Dheweke ora pangling yen iku swaraneRasul Petrus, nanging marga saka bungahe,ora banjur ngengakake lawang, nangingenggal-enggal lumebu ngaturi pirsa, yenRasul Petrus ana ing ngarep regol. 15Wongwadon iku banjur dicalathoni: “Kowe ikungomyang.” Ewasamono tetep anggonematur, yen iku nyata temenan. Banjur padhacalathu: “Iku malaekate.” 16Nanging RasulPetrus terus bae anggone thothok-thothok.Bareng padha ngengakake lawang lan ndelengpanjenengane, padha kagawokan. 17NangingRasul Petrus tumuli paring sasmita, supayapadha meneng, banjur padha dicaritani,kapriye anggone Gusti nuntun medal sakaing pakunjaran. Pangandikane: “Yakobus lanpara sadulur kita padha wenehana sumurupbab iki.” Banjur miyos lan tindak menyang ingpanggonan liya.

Page 558: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 12.18–23 6318Esuke para prajurit padha kagegeran,

padha takon-tinakon apa baya kang wiskalakon ing ngatase Rasul Petrus iku.19Sang Prabu Herodhes banjur dhawuh nglari

Rasul Petrus, nanging ora ketemu, nuli dhawuhmriksa para kang jaga, kang wusanane padhadipateni. Sang Prabu nuli tindak saka ingYudea menyang ing Kaisarea sarta lereb anaing kono.

Sedane Sang Prabu Herodhes

12:20-2320Kacarita Sang Prabu Herodhes duka banget

marang wong Tirus lan Sidon. Wong-wong maupadha saiyeg bebarengan sowan menyang ingngarsane sarta padha kalakon bisa ngrimukBlastus, punggawa ing kratone Sang Nata,supaya mbiyantu wong-wong mau. Banjurpadha nyuwun bedhami, awit nagarane ikuoleh pangan saka ing bawahe Sang Prabu.21 Ing dina kang wus katamtokake, Sang PrabuHerodhes ngrasuk busananing ratu banjurlenggah ing dhampar lan ngandika marangwong-wong mau. 22 Ing kono rakyat padhanampani pangandika iku kanthi asurak-surak,sarta ngucap: “Punika swaraning allahlan sanes swaraning manungsa!” 23Padhasanalika Sang Prabu banjur kagebag deningmalaekating Pangeran, jalaran ora ngunjukakepangaji-aji marang Gusti Allah. Panjenenganeseda kamangsa ing cacing.

Page 559: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 12.24–13.5 64

Barnabas lan Saulus kautus

12:24--13:324Kacarita pangandikane Pangeran saya

sumebar lan saya akeh kang ngrungokake.25Barnabas lan Saulus, sawise ngrampungakekawajibane, banjur bali saka ing Yerusalem,Yokanan kang uga peparab Markus diajak.

131 Ing nalika iku pasamuwan ingAntiokhia ana nabi lan guru sawatara,

yaiku: Barnabas lan Simeon kang karan Niger,lan Lukius wong Kirene, sarta Menahen,palihane Sang Nata-wilayah Herodhes lanSaulus.2 Ing sawijining dina, nalika lagi padha

nindakake pangibadah marang Gusti sartapuwasa, Roh Suci ngandika: “Ingsunpijekna Barnabas lan Saulus, supaya padhanglakonana ayahan, kang wus Suntemtokaketumrap karone.” 3Mulane banjur padha puwasalan ndedonga, sarta sawise ditumpangi tangan,karone padha dililani mangkat.

Rasul Paulus lan Barnabasana ing pulo Siprus

13:4-124Sakarone, kang padha kautus dening

Sang Roh Suci iku, nuli tindak menyang ingpalabuhan Seleukia; saka ing kono padha layarmenyang ing pulo Siprus. 5Bareng wis rawuhing kutha Salamis, banjur padha martosake

Page 560: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 13.6–12 65

pangandikaning Allah ana ing papan-papanpangibadahe wong Yahudi, sarta Yokakanndherekake minangka pambantu.6Nuli padha ndlajahi pulo mau kabeh, nganti

tekan ing kutha Pafos; ana ing kono nrenjuhisawijining wong Yahudi, jenenge Baryesus. Ikudadi tukang sikir lan nabi palsu, 7apamanehdadi mitrane kang jumeneng gupernur ing pulokono, priyagung kang lantip, asmane SergiusPaulus. Gupernur iku nimbali Rasul Barnabaslan Saulus sabab kapengin mirengakepangandikaning Allah. 8Nanging Elimas --mangkono jenenge tukang sikir mau ing basaYunani -- ngalang-alangi sarta mbudi-dayasupaya Sang Gupernur aja pracaya. 9NangingRasul Saulus, kang uga asma Paulus, kangkapenuhan ing Roh Suci, nuli mancerengidheweke 10 lan ngandika: “Heh, anak Iblis,kang kebak ing kaculikan lan piala, kowe ikumungsuhe sakabehing kayekten, apa kowe orauwis-uwis anggonmu ngingerake MarganingPangeran, kang lenceng iku? 11Saiki delengen,astaning Pangeran nempuh marang kowe,kowe dadi picak, sawatara dina kowe ora bisandeleng srengenge.” Lan sanalika iku ugawong mau rumangsa kalimputan ing pepetenglelimengan, sarta banjur grayah-grayah golekwong kang nuntun dheweke. 12Ndeleng apakang mentas kalakon iku, Sang Gupernurbanjur pitados, sarta kagawokan marga sakapiwulange Gusti iku.

Page 561: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 13.13–18 66

Tindak menyang ing kuthaAntiokhia ing tanah Pisidhia

13:13-4913Rasul Paulus sakanthine banjur tindak saka

ing Pafos lan layar menyang ing kutha Pergaing tanah Pamfilia. Nanging Yokanan tumulipamitan lan bali menyang ing Yerusalem.14Saka ing Perga padha nglajengake tindakemenyang ing kutha Antiokhia ing Pisidhia.Bareng ing dina Sabat karone tindak menyanging papan pangibadah, tumuli lenggah ana ingkono. 15Sawise angger-anggering Toret lankitabe para nabi kawaca, para punggawaningpapan pangibadah padha kongkonan maturmarang sakarone: “Para sadherek, bokbilihpanjenengan sami kagungan pangandikaminangka pambangun saha panglipurtumrap umat punika, sumangga kula aturinglairaken.” 16Rasul Paulus banjur jumenengsarta sawise paring sasmita kalawan astane,nuli ngandika: “Para sadherek Israel sahapara ingkang sami ngabekti ing Allah, kulaaturi sami midhangetaken. 17Allahipunbangsa Israel sampun milih leluhur kita,tuwin kadadosaken bangsa ingkang ageng,nalika dados tiyang neneka wonten ingtanah Mesir, tumunten kairid medal sakingnagari wau dening Panjenenganipun kalayanastanipun ingkang luhur. 18Salebetipunkawan dasa taun Panjenenganipun atindaksabar tumrap sadaya pratingkahipun wonten

Page 562: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 13.19–25 67

ing ara-ara-samun. 19Sarta sasampunipunnyirnakaken bangsa pepitu ing tanah Kanaan,Panjenenganipun lajeng mbage-bage tanahwau dhateng leluhur kita kadadosaken tanahpusaka. 20Sasampunipun watawis kawanatus seket taun, lajeng kaparingan hakimngantos dumugi ing jamanipun Nabi Samuel.21Sasampunipun makaten sami nyuwunkaparingana ratu. Gusti Allah nunten maringiSaul, anakipun Kisy, saking taler Benyamin,laminipun kawan dasa taun. 22SasampunipunSang Nata Saul kasingkiraken, Gusti Allahlajeng njunjung Dawud, kajumenengakenratu. Tumrap Sang Prabu Dawud punika GustiAllah sampun pratela: Ingsun wus manggihDawud, anake Isai, wong kang ndadekakekeparenging panggalihingSun sarta kangnglakoni sakabehing karsaningSun. 23 Inggihsaking trahipun punika Gusti Allah, teteskaliyan ingkang sampun kaprasetyakaken,miyosaken Sang Juru-wilujeng kangge tiyangIsrael, inggih punika Gusti Yesus. 24Nalikangajengaken rawuhipun, Nabi Yokanansampun ngatag-atag dhateng bangsa Israelsadaya, supados sami mratobat saha kabaptis.25Salajengipun, nalika Nabi Yokanan sampunmeh rampung anggenipun nindakakenayahanipun, panjenenganipun ngandikamakaten: Aku iki dudu kang kokkira, yenaku iki Panjenengane, nanging Panjenenganebakal rawuh sawise aku. Aku bok nguculiageme trumpah saka ing sampeyane bae, orapantes.

Page 563: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 13.26–33 6826Nuwun, para sadherek trahipun Rama

Abraham, saha para ingkang sami ngabektiing Allah, kabar kawilujengan punika sampunkaparingaken dhateng kita. 27Sabab paraingkang sami manggen ing Yerusalem sahapara pangagengipun sami boten purun ngakeniGusti Yesus. Saha margi saking anggenipunlajeng ndhawahaken paukuman pejah tumrapPanjenenganipun, sami njalari kayektosanipunpangandikaning para nabi, ingkang kawaosing saben dinten Sabat. 28Punapadenesanadyan boten manggih bab-bab ingkangnjalari kaukum pejah, ewasamanten saminyuwun sedanipun dhateng Sang Pilatus.29Saha sasampunipun sami nglampahi sadayaingkang sinerat tumrap ing Panjenenganipun,Panjenenganipun lajeng kaandhapaken sakingkajeng salib tuwin kasarekaken. 30Nangingnunten kawungokaken dening Gusti Allahsaking antawisipun tiyang pejah, 31 sartangantos sawatawis wekdal dangunipunanggenipun ngatingal dhateng para ingkangsami ndherek Panjenenganipun sakingtanah Galilea dhateng Yerusalem. Inggihtiyang-tiyang punika ingkang sapunika samidados seksinipun wonten ing sangajengipunumat punika. 32Dene kula sadaya sapunikasami martosaken kabar-kabingahan dhatengpanjenengan sadaya, inggih punika, bilihprajanjian ingkang kaparingaken dhatengpara leluhur kita punika, 33 sampun dipuntetepi dening Gusti Allah tumrap kita, paraturunipun, sarana anggenipun ngwungokaken

Page 564: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 13.34–39 69

Gusti Yesus, kados ingkang kaseratan ingmasmur ingkang kaping kalih:Sira iku PutraningSun!Ingsun wus mutrakake Sira ing dina iki.

34Gusti Allah sampun ngwungokakenPanjenenganipun saking antawisipun tiyangpejah saha boten badhe kapasrahakenmalih dhateng ing karisakan. Bab punikakapratelakaken dening Pangeran wonten ingpangandikanipun makaten:Ingsun bakal netepi prajanji-prajanji kang

sucikang kena pinracaya tumrap sira,kang wus Sunparingake marang Dawud.

35Awit saking punika wonten ing masmursanesipun pangandikanipun makaten:Paduka boten badhe masrahaken Abdi

Padukaingkang suci dhateng karisakan.

36Awit Sang Prabu Dawud nglampahikarsaning Allah nalika ing jamanipun, lajengseda saha kasarekaken nunggil kaliyan paraleluhuripun, punapadene pancen kaulungakendhateng ing karisakan. 37Nanging Gusti Yesusingkang kawungokaken dening Gusti Allah,boten makaten. 38Milanipun ndadosna ingkauningan, para sadherek, margi sakingPanjenenganipun punika, panjenengan sadayasami kawartosan bab pangapuntening dosa,39 saha wonten ing Panjenenganipun sabentiyang ingkang pitados, kaluwaran sakingsadaya dosa; punika boten saged panjenengantampeni saking angger-anggeripun Nabi

Page 565: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 13.40–46 70

Musa. 40Milanipun sami kula aturi waspaos,supados sampun ngantos kalampahantumrap panjenengan punapa ingkang sampunkapangandikakaken wonten ing kitabipun paranabi, ingkang suraosipun:41Dieling, heh wong kang padha watek

seneng ngremehake,padha erama lan sirnaa,sabab Ingsun nindakake pakaryan ing

jamanira, sawijining pakaryan, kang orabakal sira andel,

saupama dicaritakake marang sira.”42Nalika Rasul Paulus lan Barnabas miyos,wong-wong padha nyuwun supaya karo-karone ing dina Sabat candhake karsaparing pangandika maneh bab prakara mau.43Sarampunge nindakake pangibadah, wongYahudi lan para wong kang ngenut agamaYahudi kang padha ngabekti marang Allah,padha ndherek Rasul Paulus lan Barnabas;rasul loro iku padha paring piwulang lan pituturmarang wong-wong mau, supaya padha lestaridumunung ana ing sajroning sih-rahmatingAllah.44 Ing dina Sabat candhake meh wong

sakutha kabeh padha nglumpuk ngrungokakepangandikaning Allah. 45Nanging barengwong Yahudi padha weruh wong akeh iku,banget panas atine lan padha madoni apakang dipangandikakake dening Rasul Pauluskalawan ngala-ala. 46Nanging Rasul Pauluslan Barnabas kanthi kendel mangandikani:“Pancen pangandikaning Allah iku kudu

Page 566: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 13.47–51 71

diwartakake marang kowe kabeh dhisik,nanging kowe padha nampik lan nganggepora pantes tampa urip langgeng. Mulaneaku banjur padha marani bangsa-bangsaliya. 47Sabab aku padha diparingi dhawuhmangkene:Sira wus Suntetepake dadi pepadhangtumrap bangsa-bangsa kang ora wanuh

marang Allah,supaya sira dadi marganing karahayon nganti

tumeka ing pungkasaning bumi.”48Krungu kang mangkono iku, kabehwong kang ora wanuh marang Allahpadha bungah sarta padha ngluhurakepangandikaning Pangeran, sarta kabehwong kang pinasthekake dening Allah tampaurip langgeng, padha manjing pracaya.49Pangandikane Pangeran banjur kagiyarakeing tanah kono kabeh.

Tindak menyang ing kuthaIkonium, Listra lan Derbe

13:50--14:2050Wong Yahudi padha ngojok-ojoki wanita-

wanita kang kajen keringan kang bekti ingAllah sarta para panggedhe ing kutha kono lanbanjur nenangi panguya-uya marang RasulPaulus lan Barnabas, padha ditundhung sakaing wewengkon kono. 51Nanging Rasul Pauluslan Barnabas nuli padha ngetabake lebuing sampeyane, minangka pameleh marangwong-wong mau, banjur tedhak menyang

Page 567: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 13.52–14.6 72

ing kutha Ikonium. 52Dene para siswa ingAntiokhia padha kapenuhan ing kabungahanlan Roh Suci.

Rasul Paulus lan Barnabassumingkir saka ing Ikonium

14:1-7

141Ana ing Ikonium rasul karone iyalumebet ing papan-pangibadah wong

Yahudi lan memulang, satemah wong Yahudilan wong Yunani akeh kang padha manjingpracaya. 2Nanging wong-wong Yahudi kangnampik pawartane, padha gawe panasing atinewong-wong kang ora wanuh marang Allahsarta gawe nepsune wong-wong mau marangpara sadulur. 3Rasul Paulus lan Barnabaslereb ana ing kono nganti sawatara mangsa,padha memulang kanthi kendel, amargapadha kumandel marang Gusti. Dene Gustinyantosakake pawarta bab sih-rahmate ikukalawan paring panguwasa marang karone,kanggo nganakake pratandha-pratandhalan mukjijat-mukjijat. 4Nanging wong akehing kutha kono pecah dadi rong golongan;ana kang nganut wong Yahudi, lan anakang nganut rasul karone. 5Wong-wongkang ora wanuh marang Gusti Allah lanpara wong Yahudi bebarengan karo parapangarepe banjur padha wiwit nganakakeobah-obahan niksa lan mbenturi watu marangrasul loro mau. 6Bareng rasul-rasul maupadha nguningani bab iku, banjur sumingkir

Page 568: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 14.7–14 73

menyang ing kutha-kutha ing tanah Likaonia,yaiku Listra lan Derbe sarta ing tlatah sakiwatengene. 7Ana ing kono padha nggiyarakeInjil.

Rasul Paulus lan Barnabas anaing kutha Listra arep disedani

14:8-208Kacarita ing kutha Listra ana sawijining

wong kang mung linggih bae, jalaran sikileapus, lumpuh wiwit lair lan durung tau bisalumaku. 9Nalika Rasul Paulus memulang,dheweke ngrungokake. Rasul Paulus mirsanilan nguningani, yen wong mau kadununganpangandel sarta bisa diwarasake, 10banjurngandika kalawan sora: “Ngadega jejeg!”Wong mau banjur mak nyat ngadeg lanlumaku mrana-mrene. 11Bareng wong akehnyumurupi apa kang mentas ditindakakedening Rasul Paulus, tumuli padha nguwuh-uwuh nganggo basa Likaonia: “Dewa-dewawis padha tumedhak ing tengah-tengahkita dadi manungsa.” 12Rasul Barnabasdisebut Zeus dene Rasul Paulus diaraniHermes, amarga kang ngandika. 13 Imamingdewa Zeus, kang kabuyutane ana ing jabankutha, nuli teka ing sakethenging kuthakaro nggawa sapi-sapi lanang lan karangankembang kang arep dicaosake minangkasajen, bebarengan karo wong akeh. 14Mirengkang mangkono iku Rasul Barnabas lan RasulPaulus banjur nyuwek-nyuwek pangagemane

Page 569: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 14.15–20 74

lan lumajeng menyang ing satengahingwong akeh iku kambi nguwuh-uwuh: 15 “Parasadherek, kadospundi dene panjenengan koksami tumindak makaten? Kula punika samimanungsa limrah kadosdene panjenengansadaya. Kula wonten ing ngriki punika prelungabaraken Injil dhateng panjenengan,supados panjenengan sami nilara tumindakingkang tanpa gina punika saha lajengmratobat dhateng Gusti Allah ingkang asipatgesang, ingkang sampun nitahaken langitkaliyan bumi saha saganten dalah saisinipunsadaya punika. 16 Ing jaman ingkang sampunkapengker sadaya bangsa anggenipun samilumampah ing marginipun piyambak, dipunkendelaken kemawon dening Gusti Allah,17nanging Panjenenganipun inggih tansahngatingalaken kamirahanipun, inggih punikaanggenipun maringi jawah sarta mangsamirah dhateng panjenengan sadaya saking inglangit, sarta panggalih panjenengan tinuwukaning tedha lan kabingahan.” 18Sanadyan pararasul padha ngandika mangkono, ewadenemeh-meh bae ora bisa mekak anggone padhacaos kurban.19Nanging banjur ana wong Yahudi kang

padha teka saka ing Antiokhia lan Ikonium,kang padha mbebujuk wong akeh, wasanaRasul Paulus banjur dibenturi watu lan kaseretmenyang ing sajabaning kutha, jalaran dikirawis seda. 20Nanging bareng karubung deningpara siswa, panjenengane nuli wungu lanbanjur lumebet ing kutha. Esuke banjur tindak

Page 570: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 14.21–27 75

menyang ing Derbe bebarengan karo RasulBarnabas.

Kondur menyang ing Antiokhia

14:21-2821Rasul Paulus lan Barnabas anggone

ngabarake Injil ana ing kutha kono olehsiswa akeh, banjur wangsul menyang ingListra, Ikonium lan Antiokhia. 22Ana ingkono rasul karone padha nyantosakakeatine para siswa sarta paring piweling,supaya padha mantep ing pracaya apadenepadha dipangandikani, yen anggon kitalumebu ing Kratoning Allah iku, kalawannglakoni sangsara akeh. 23Ana ing sabenpasamuwan para rasul mau padha netepakepinituwa-pinituwa kanggo pasamuwan iku, lansawise ndedonga lan puwasa, para pinituwamau padha dicaosake marang Gusti, kang dadisumbering pracayane. 24Sawuse mangkonotumuli ndlajahi tanah Pisidhia kabeh lan banjurrawuh ing tanah Pamfilia. 25Ana ing konokarone padha nggelarake pangandika ana ingkutha Perga, banjur tindak menyang ing kuthaAtalia, ing pesisir. 26Saka ing kono padhalayar menyang ing Antiokhia. Ana ing konoanggone maune padha kacaosake marangsih-rahmating Allah supaya wiwit nglakoniayahan, kang saiki wis dirampungake iku.27Sarawuhe ing kono banjur nglumpukakepasamuwan, padha dicariyosi bab samubarangkang wis katindakake dening Gusti Allah

Page 571: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 14.28–15.4 76

lumantar panjenengane sakaliyan; apadenebab anggone Gusti Allah wus menganilawanging pracaya marang bangsa-bangsaliya. 28Karone padha lereb ing kono ngantisawatara suwe, nunggil karo para siswa mau.

Parepatan ing Yerusalem

15:1-21

151Tumuli ana wong sawatara sakaing tanah Yudea teka ing Antiokhia,

kang padha mulang marang para saduluring kono mangkene: “Manawi panjenengansadaya boten sami nglampahi supit manutadat-tata-cara ingkang dipun warisakendening Nabi Musa, panjenengan boten badhesaged manggih karahayon.” 2Nanging RasulPaulus lan Barnabas banget anggone padhasuwala lan mbantah panemune wong-wongmau. Wekasane pasamuwan banjur mutus,Rasul Paulus lan Barnabas sarta wargapasamuwan liyane sawatara kautus menyanging Yerusalem nemoni para rasul lan paratinituwa, prelu ngrembug bab mau.3Para utusan mau diuntapake dening

pasamuwan nganti tekan ing jaban kutha,banjur padha nerusake lakune ngliwati tanahFenisia lan Samaria, sadalan-dalan padhangundhangake pamratobate wong-wong kangpadha ora wanuh marang Gusti Allah. Ikibanget ndadekake bungahe para sadulur ingkono. 4Satekane ing Yerusalem, para utusanpadha ditampani dening pasamuwan lan

Page 572: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 15.5–11 77

para rasul sarta para pinituwa, banjur padhanyritakake samubarang kabeh kang wuskatindakake dening Gusti Allah lumantar sakapandamele. 5Nanging nuli ana wong sawatarakang kalebu golonganing wong Farisi, kangwis manjing pracaya, kang padha ngadeg lanmatur: “Ingkang sanes tiyang Yahudi kedahdipun tetaki saha dipun wajibaken netepiangger-anggeripun Nabi Musa.”6Para rasul lan para pinituwa banjur padha

nganakake parepatan, ngrembug prakara ikumau. 7Bareng wis sawatara suwe anggonepadha bebantahan, Rasul Petrus banjurjumeneng sarta ngandika: “Para sadherek,panjenengan sadaya sampun sami nguningani,bilih sampun wiwit kala rumiyin mila kula kapijidening Gusti Allah saking ing antawis kita,supados lumantar lesan kula bangsa-bangsasanes sami mireng pawartos bab Injil satemahlajeng sami manjing pracaya. 8MangkaGusti Allah ingkang nguningani manahingmanungsa, sampun kepareng nampenitiyang-tiyang wau, lajeng ugi sami kaparinganRoh Suci kadosdene kita, 9punapadenePanjenenganipun babar pisan boten mawimbeda-mbedakaken tiyang-tiyang wau kaliyankita, sasampunipun nucekaken manahipunsarana pitados. 10Milanipun kadospundi denepanjenengan sadaya sami nyobi dhateng GustiAllah kanthi patrap ngetrapaken rembatan ingpundhakipun para siswa, ingkang leluhur kitautawi kita piyambak boten kiyat ngrembat.11Kosokwangsulipun kita pitados, bilih

Page 573: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 15.12–17 78

kita badhe tampi karahayon margi sakingsih-rahmatipun Gusti Yesus Kristus kadosdenesadherek-sadherek punika.”12Kabeh sing padha marepat banjur padha

meneng, tumuli padha ngrungokake critaneRasul Paulus lan Barnabas bab pratandhalan kaelokan kang ditindakake dening GustiAllah lumantar rasul loro iku ana ing antaranebangsa-bangsa liya.

Pirembage Sang Pinisepuh Yakobus

15:13-2113Bareng Rasul Paulus lan Barnabas wis

rampung anggone cariyos, Sang PinisepuhYakobus banjur ngandika: “Para sadherek,sami kula aturi mirengaken atus kula:14Sadherek Simon mentas nyariyosaken,bilih wiwit-wiwitan mila Gusti Allah sampunngatingalaken sih-rahmatipun, inggih punikaanggenipun milih satunggaling bangsasaking antawisipun bangsa-bangsa saneswau kagem asmanipun. 15Bab punika cocogkaliyan pangandikanipun para nabi, ingkangkaseratan, wiraosipun:16Sawuse mangkono Ingsun bakal wangsulsarta mbangun maneh tarube Dawud kang

wis rubuh,lan jugrugane bakal Sunbangun maneh sarta

Sunsantosakake,17 supaya wong-wong liyane kabeh padha

ngupaya marang Pangeran,

Page 574: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 15.18–23 79

mangkono uga kabeh wong kang ora wanuhmarang Gusti Allah,

kang Ingsun sebut kagunganingSun.Mangkono pangandikane Pangeran, kang

nindakake iku kabeh,18kang wus kauningan wiwit sakawit.

19Awit saking punika pamanggih kula, kitasampun ngantos damel rekaosipun parasadherek saking bangsa-bangsa sanes,ingkang sami mratobat dhateng Gusti Allah.20Prayoginipun kita kintun serat dhatengsadherek-sadherek punika, supados saminyirik tetedhan ingkang sampun kajemberakendening brahala, saha nebihi lampah jina,punapadene nyirik dagingipun kewan tetakantuwin rah. 21Amargi sampun wiwit jamanrumiyin angger-anggeripun Nabi Musa punikakaundhangaken wonten ing saben kitha, sahadumugi sapriki ing saben dinten Sabat kawaoswonten ing papan-papan pangibadah.”

Pancasane Pasamuwan

15:22-3422Wasana para rasul tuwin para pinituwa

sarta wong sapasamuwan kabeh padhamutus milih wong sawatara saka ing antaranekang bakal kautus menyang ing Antiokhia,bebarengan karo Rasul Paulus lan Barnabas,yaiku Yudas kang peparab Barsabas lanSilas. Iku wong kang padha kajen ana ingantarane para sadulur. 23Padha digawanilayang kang surasane: “Salam kula para

Page 575: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 15.24–31 80

rasul saha para pinisepuh, sarta parasadherek panjenengan, katur dhumatengpara sadherek ing Antiokhia, Siria lan Kilikiaingkang aslinipun saking bangsa-bangsasanes. 24Kula sampun sami mireng, bilihwonten tiyang sawatawis panunggilan kula,ingkang sami damel kejoting panggalihsaha damel kuwur panjenengan kalayanpiwulangipun, mangka boten sami kula weling.25Milanipun kula sampun sami sarembag sahamutus kengkenan tiyang sawatawis manggihipanjenengan sesarengan kaliyan sadherekBarnabas tuwin Paulus ingkang kula tresnani,26 inggih punika sadherek kalih ingkangsampun masrahaken nyawanipun margisaking asmanipun Gusti kita Yesus Kristus.27Wondene ignkang kula kengken sadherekYudas saha Silas, ingkang badhe ngaturakenkalayan lesan piweling ingkang kaserat punikadhateng panjenengan. 28Amargi Sang RohSuci lan kula sampun damel putusan, supadospanjenengan sampun ngantos kabebahannglangkungi ingkang kaperlokaken: 29Saminyirika sesajening brahala, rah saha dagingkewan tetakan, punapadene lampah jina.Punika sadaya manawi sami panjenengansingkiri, panjenengan sampun tumindaksae. Namung samanten, mugi sami ginanjarwilujeng.”30Bareng wis padha pamitan, Yudas lan Silas

padha mangkat menyang ing kutha Antiokhia.Ana ing kono wong sapasamuwan banjurmarepat, layange nuli diaturake. 31Bareng wis

Page 576: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 15.32–41 81

diwaca, padha bungah awit oleh panglipur.32Anadene Yudas lan Silas, sarehne iya padhanabi, mulane nganti sawatara suwe anggonemituturi para sadulur lan nyantosakake atine.33Lan sawise ana ing kono sawatara mangsa,banjur padha dililani bali dening para sadulurmenyang ing ngarsane kang ngutus kalawandisangoni slamet. 34Nanging Silas milaur keriana ing kono.

Rasul Paulus crah karo Barnabas

15:35-4135Rasul Paulus lan Barnabas anggone

ana ing Antiokhia nganti sawatara suwepadha bebarengan lan wong akeh liyanememulang sarta nggelarake pangandikaneGusti. 36Nanging bareng wis sawataralawase Rasul Paulus banjur ngandika marangBarnabas: “Prayogane saiki padha bali nilikipara sadulur ing saben kutha, sing wis padhakita sebari pangandikane Gusti, kapriyekaanane.” 37Barnabas kapengin uga ngajakYokanan kang apeparab Markus. 38NangingRasul Paulus pratela kalawan kenceng, oraprayoga yen ta ngajak wong kang wus ninggallunga ana ing kutha Pamfilia lan ora gelemdiajak nyambut gawe bebarengan. 39Bab ikindadekake dredahe sakarone, temahan padhapepisahan. Barnabas ngajak Markus lan banjurlayar menyang Siprus. 40Dene Rasul Paulusmilih Silas, lan sawise kasaosake dening parasadulur marang sih-rahmate Gusti, 41banjur

Page 577: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 16.1–6 82

mangkat njajah ing tanah Siria lan Kilikia,sarta nyantosakake pasamuwan-pasamuwan.

Timoteus ndherek Rasul Paulus

16:1-3

161Rasul Paulus uga rawuh ing kuthaDerbe lan Listra. Ing kono ana

sawijining siswa jenenge Timoteus, emboknewong Yahudi kang wus manjing pracaya, denebapakne wong Yunani. 2Timoteus iku wuskaseksenan becike dening para sadulur ingkutha Listra lan ing kutha Ikonium. 3KarsaneRasul Paulus, iku dadia kanthine ing lampah.Rasul Paulus banjur dhawuh supaya ditetakimarga saka anane wong Yahudi kang padhaana ing wewengkon kono, awit kabeh padhasumurup, yen bapakne iku wong Yunani.

Rasul Paulus nyabrang menyanging tanah Makedhonia

16:4-124Sajrone njajah ing kutha-kutha iku Rasul

Paulus lan Silas padha masrahake pancasanepara rasul lan para pinituwa ing Yerusalemkalawan piweling supaya diestokna. 5Margasaka mangkono pasamuwan-pasamuwanpadha kasantosakake pracayane lan sayasuwe saya wuwuh cacahe.6Kacarita lakune ngliwati tanah Frigia lan

tanah Galati. Tumuli diampah dening SangRoh Suci nggelarake Injil ana ing tanah Asia.

Page 578: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 16.7–13 837Satekane ing tanah Misia, banjur padhangangkah lumebu ing tanah Bitinia, nangingRohe Gusti Yesus ora marengake. 8Bareng wisngliwati tanah Misia, banjur tekan ing kuthaTroas.9Bengine Rasul Paulus mirsani wahyu:

ana wong Makedhonia ngadeg lan maturmarang panjenengane: “Panjenengan kulaaturi nyabrang mriki saha mitulungi kulasadaya!” 10Bareng Rasul Paulus wis mirsaniwahyu mau, aku kabeh banjur padha ngarahmangkat menyang ing tanah Makedhonia,awit marga saka anane wahyu mau, akupadha namtokake, yen Gusti Allah kangnimbali kakarsakake nggelarake Injil marangwong-wong ing kono.11Aku banjur padha mangkat nunggang

prau saka ing Troas, terus ngener ing puloSamotrake, lan esuke nuli menyang ing kuthaNeapolis. 12Saka ing kono banjur padhamenyang ing kutha Filipi, kutha kawitaning jajahan tanah Makedhonia, sawijiningkutha-koloni Rum. Aku padha nginep ana ingkutha kono sawatara dina.

Rasul Paulus ana ing kutha Filipi

16:13-1813Nalika ing dina Sabat aku padha menyang

ing sajabaning sakethenging kutha, lumakuing urut pinggiring kali, banjur mranggulipapan pasembahyanganing wong Yahudi, kangmanut pangiraku ana ing kono. Sawise linggih,

Page 579: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 16.14–18 84

aku nuli padha rembugan karo wong-wongwadon kang padha kumpulan ana ing kono.14Ana sawijining wong wadon panunggalane,jenenge Lidhia, kang melu ngrungokake. Ikudadi bakul kain wungu, pinangkane saka ingkutha Tiatira, wong kang bekti ing Allah. Atinewis binuka dening Gusti, mulane migatekakemarang apa kang dipangandikakake deningRasul Paulus. 15Sawise kabaptis sabrayatpisan, banjur darbe atur mangkene: “Manawipanjenengan sampun sami manggalih, bilihkula saestu pitados dhateng Gusti, sumanggasami kula aturi rawuh saha nyare ing griyakula.” Mangka banget panggubele, nganti akukabeh kapeksa nuruti.16 Ing sawijining dina nalika aku padha

menyang ing papan pasembahyangan iku,aku padha nrenjuhi sawijining batur tukonwadon kang dadi prewangan sarta kang njalarilurah-lurahe oleh kauntungan akeh. 17 Ikungetutake Rasul Paulus lan aku kabeh kalawanalok-alok, ujare: “Wong-wong iku abdineGusti Allah kang Mahaluhur, kang martakakedalaning karahayon marang wong kabeh.”18Kang mangkono iku ditindakake ngantipirang-pirang dina. Ananging bareng RasulPaulus wis ora tahan maneh marang ananerubeda iku, nuli minger sarta dhawuh marangroh iku: “Atas asmane Gusti Yesus Kristus,dhawuhku marang kowe: Metua saka ingwong wadon iki.” Sanalika iku uga roh mau iyabanjur metu.

Page 580: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 16.19–25 85

Rasul Paulus lan Silaskalebokake ing pakunjaran

16:19-2419Kacarita bareng para lurahe wong wadon

mau weruh, yen wis ilang pangarep-arepebisane oleh pangasilan, banjur padha nyekelRasul Paulus lan Silas, padha diglandhangmenyang pasar katur ing pamarentah.20Sawuse padha diajokake marang ingngarsane para panggedhene kutha kono,nuli padha matur: “Tiyang punika saminggegeraken nagari kita ngriki, amargi samitiyang Yahudi 21 sarta sami mulangakenadat-tata-cara ingkang boten kenging kitatampeni utawi kita lampahi, awit kita punikatiyang Rum.” 22Anadene wong akeh iyapadha melu nglawan marang Rasul Paulus lanSilas. Para panggedhening kutha mau banjurdhawuh ndhedheli pangagemane sarta nyapu.23Sawuse disapu bola-bali banjur padhadilebokake ing pakunjaran. Lurahe pakunjarandidhawuhi njaga kang santosa. 24Sarehnemangkono prentahe, mulane sakarone nulidilebokake ing kamare pakunjaran kang anaing tengah dhewe, sarta padha kabelok sikile.

Lelurahing pakunjaran mratobat

16:25-3425Watara wayah tengah bengi Rasul

Paulus lan Silas padha ndedonga kalawan

Page 581: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 16.26–34 86

ngidungake pamuji marang Gusti Allah, denewong ukuman liyane padha ngrungokake.26Dumadakan banjur ana lindhu gedhe,talesing pakunjaran kongsi horeg; lan sanalikaiku uga lawang-lawang padha menga, lanrantene wong kabeh padha ucul. 27Lurahingpakunjaran kaget tangi lan bareng weruhlawange pakunjaran padha menga, banjurngunus pedhang arep nglalu, awit ngirayen wong-wong ukuman wis padha mlayu.28Nanging Rasul Paulus tumuli nguwuhseru, pangandikane: “Sampun mbilaenisarira, awit kula sadaya taksih wonten ingngriki!” 29Lurah pakunjaran banjur njalukcolok lan enggal-enggal lumebu apadenenuli sumungkem ana ing ngarsane RasulPaulus lan Silas kalawan gumeter. 30Tumulipadha diirid metu, karo matur: “Dhuh, parasadherek, punapa ingkang kedah kula lampahi,supados wilujeng?” 31Banjur dipangandikani:“Kula aturi pitados dhateng Gusti YesusKristus, temah panjenengan badhe wilujeng,panjenengan dalah brayat panjenengan.”32Banjur diwartani pangandikane Pangeran,samono uga wong saisine omahe kabeh. 33 Ingwektu iku uga sakarone padha disirami bilure,sarta ing bengi iku uga lurah pakunjaran maudalah brayate padha kabaptis. 34Sakaronebanjur didherekake menyang ing omahe lanpadha dicaosi pisegah. Lurah pakunjaran maubanget bungahe dene dheweke lan kabehwong saisining omahe wis padha manjingpracaya marang Gusti Allah.

Page 582: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 16.35–40 87

Rasul Paulus lan Silas padha kaluwaran

16:35-4035Bareng raina para panggedhening

kutha banjur utusan punggawa-punggawanglantarake dhawuh marang lurahingpakunjaran mangkene: “Wong loro ikupadha luwarana!” 36Lurah pakunjaranbanjur nerusake dhawuh mau marang RasulPaulus, ature: “Para pangagenging kithasampun utusan, supados panjenengan samikaluwaran. Awit saking punika panjenengansami kula aturi tindak lan pangkat kanthiwilujeng!” 37Nanging Rasul Paulus banjurparing pangandika marang wong-wongmau: “Kula smai tiyang Rum dipun sapuwonten ing ngajenganipun tiyang kathahtanpa katiti-priksa, lajeng kalebetaken ingpakunjaran. Sapunika kula sami kaluwaransidheman? Boten kenging makaten punika.Para pangageng punika supados rawuhpiyambak ngirid kula medal.” 38Para punggawamau banjur ngaturake bab iku marang parapanggedhening kutha. Iku bareng padhamireng, yen Rasul Paulus lan Silas iku wongRum, temahan padha ajrih. 39Banjur padharawuh nyuwun ngapura, tumuli karone diiridmedal sarta diaturi nilar kutha kono. 40Karonebanjur nilar pakunjaran lan tindak menyanging omahe Lidhia, manggihi para sadulur ingkono sarta sawuse paring panglipur, banjurpadha tindak.

Page 583: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 17.1–6 88

Rasul Paulus lan Silas ana ing Tesalonika

17:1-9

171Rasul Paulus lan Silas tumuli padhanratas ing kutha Amfipolis lan kutha

Apolonia, banjur tekan ing kutha Tesalonika.Ing kono ana papan pangibadahe wongYahudi. 2Kaya adate Rasul Paulus nulilumebet mrono, sarta nganti telung Sabatterus-terusan anggone reraosan karo wongYahudi bab perang-peranganing Kitab Suci3kalawan diterangake sarta dituduhake, yenSang Mesih iku kudu nandhang sangsaralan wungu maneh saka ing antarane wongmati, banjur ngandika: “Menggah Sang Mesihpunika inggih punika Gusti Yesus, ingkangkula wartosaken dhateng panjenengan.” 4Anasawatara panunggalane wong-wong mau kangpadha yakin lan banjur manunggal karo RasulPaulus lan Silas sarta iya uga ana wong Yunanisawatara akeh kang padha bekti ing Allah, lanuga para wanita bangsa luhur ora sathithik.5Nanging wong-wong Yahudi iku padha

panas atine lan kalawan dibiyantu deningwong ala panunggalane wong rucah sawatara,padha gawe geger sarta ngisruhake kuthakono. Wong-wong iku padha nempuh ingomahe Yason, arep ngladekake Rasul Pauluslan Silas marang parepataning rakyat.6Nanging bareng padha ora ketemu, Yason lansadulur sawatara padha diglandhang menyanging ngarsane para panggedhening kutha,

Page 584: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 17.7–13 89

kalawan nguwuh: “Tiyang-tiyang ingkang samisampun nggegeraken jagad sadaya punika ugisampun sami dumugi ing ngriki 7 tuwin Yasonpunika nampeni tiyang-tiyang wau wontening griyanipun. Tiyang punika sami nglawandhateng pranatan-pranatanipun Sang NataAgung, sami mratelakaken, bilih wonten ratusanesipun, inggih punika Yesus.” 8Nalika wongakeh lan para panggedhening kutha padhakrungu, banjur padha goreh atine. 9Nangingbareng Yason lan sadulur-sadulur liyane padhatanggung, banjur padha dililani mundur.

Rasul Paulus lan Silas ana ing kutha Berea

17:10-1510Nanging ing bengi iku uga Rasul Paulus

lan Silas diaturi dening para sadulur ing konosupaya enggal tindak menyang ing kuthaBerea. Sarawuhe ing kono banjur padhatindak menyang ing papan pangibadahewong Yahudi. 11Wong-wong Yahudi ing kuthakono atine padha luwih becik tinimbang parawong Yahudi ing Tesalonika, sabab padhanampani pangandika kalawan eklasing atisarta saben dina padha niti-priksa KitabSuci supaya bisa sumurup, apa iku kabehwis bener mangkono. 12Akeh panunggalanekang manjing pracaya; uga ora sathithikpanunggalane golongan kaputren lan kakungluhur bangsa Yunani. 13Nanging barengwong-wong Yahudi ing Tesalonika padhangreti, yen Rasul Paulus ana ing kutha Berea

Page 585: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 17.14–19 90

uga martakake pangandikaning Allah, banjurpadha teka mrono ngobong lan nggorehakeatine wong akeh. 14Nanging para sadulurbanjur padha ngaturi Rasul Paulus supayaenggal tindak menyang ing pasisir sagara,nanging Silas lan Timoteus isih padha keri anaing kutha Berea.15Wong-wong kang ngeterake Rasul Paulus

padha ndherek tekan ing kutha Atena, banjurpadha bali kalawan diweling supaya Silas lanTimoteus enggal padha nusul.

Rasul Paulus ana ing kutha Atena

17:16-2116Rasul Paulus sajrone ngentosi ana ing

kutha Atena iku, banget sungkawa ing galih,amarga nguningani nagara kono kebakreca-reca brahala. 17Awit saka iku ana ingpapan pangibadah banjur wawan pangandikakaro wong-wong Yahudi lan wong-wongkang padha bekti ing Allah, apadene sabendina ana ing pasar karo wong-wong kangkatrenjuh ana ing kono. 18Uga ana ahli pikirsawatara saka golongan Epikurus lan Stoakang padha sarasean karo panjenengane. Anakang ngucap: “Apa ta sing arep dikandhakaketukang ngoceh iku?” Nanging liyane kandha:“Sajake wong iku nggiyarake piwulangedewa-dewa anyar.” Sabab kang diwartakakeiku Injil bab Gusti Yesus lan patangen.19Wong-wong mau banjur padha ngaturiRasul Paulus tindak menyang ing parepatan

Page 586: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 17.20–24 91

ing Areopagus lan matur: “Punapa kulasami kepareng mirengaken piwulang enggalingkang panjenengan wulangaken punika?20Amargi kula sami panjenengan wartosiprakawis-prakawis ingkang aneh. Milanipunkula sami kapengin mangretos, punapategesipun punika sadaya.” 21Wong-wongAtena lan wong-wong manca kang padhamanggon ing kono iku ora kober mrelokakebab liyane kajaba mung ngandhakake lanngrungokake samubarang kang anyar.

Rasul Paulus memulangana ing Areopagus

17:22-3422Rasul Paulus banjur jumeneng ana ing

Areopagus lan ngandika: “para sadhereking Atena, kula sumerep, bilih panjenengansadaya punika tumrap ing samukawis punapakemawon sakalangkung bekti dhateng paradewa. 23Amargi nalika kula mider-miderwonten ing kitha panjenengan saha ningal-ningali barang-barang ingkang panjenenganpundhi-pundhi, kula inggih nrenjuhi misbyahingkang kaseratan makaten: Konjuk ingdewa ingkang boten kasumerepan. Wondeneingkang sami panjenengan sembah-sembah,sanadyan panjenengan dereng tepang punika,inggih punika ingkang badhe kula wartosaken.24Gusti Allah ingkang nitahaken jagadsaisinipun sadaya punika, sarehning jumenengPangeraning langit lan bumi, pramila boten

Page 587: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 17.25–30 92

dumunung wonten ing dalem damelaningmanungsa, 25 sarta ugi boten dipun ladosiing tanganing manungsa, kados wontenakakiranganipun tumrap punapa-punapa,amargi inggih Panjenenganipun punikaingkang paring gesang saha ambekan sartasamukawis kabetahan dhateng manungsasadaya. 26Sadaya bangsa lan sadaya umatkadadosaken dening Panjenenganipunsaking tiyang satunggal, supados samingenggeni jagad punika sadaya punapadenePanjenenganipun sampun namtokakenmangsa-mangsa tuwin wates-watesingpamanggenipun. 27Punika supados tiyangsami madosi Panjenenganipun saha mugi-mugi saged kraos tuwin pinanggih kaliyanPanjenenganipun, sanadyan Panjenenganipunpunika boten tebih kaliyan kita piyambak-piyambak. 28 Jalaran kita punika gesangwonten ing Panjenenganipun, kita ebah, kitawonten, kadosdene ingkang ugi sampunkapratelakaken dening para pujanggapanjenengan:Sabab kita punika ugi sami trahipun Allah.

29Sarehning kita punika trahing Allah, milakita boten kenging gadhah pamanggih,bilih kawontenanipun Gusti Allah punikakadosdene jene utawi salaka utawi sela,ingkang kawujudaken dening kagunan sahakalangkunganipun manungsa. 30Tanpangengeti malih dhateng jaman kabodhoanpunika, Gusti Allah sapunika martosakendhateng manungsa, bilih wontena ing

Page 588: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 17.31–18.2 93

pundi-pundi kemawon, sadaya tiyang kedahmratobat. 31Amargi Panjenenganipun sampunnamtokaken dinten anggenipun badhengadili jagad ing saleresipun, lumantartiyang ingkang sampun kapiji, mawi dipunyektosaken dhateng tiyang sadaya srana dipunwungokaken saking antawisipun tiyang pejah.”32Wong-wong mau bareng krungu bab tanginewong mati, banjur ana kang padha moyoki,lan ana liyane kang padha ngucap: “Saneswekdal kemawon kula sami badhe mirengakensesorah panjenengan bab punika malih.”33Rasul Paulus banjur tindak saka ing tengahewong-wong mau. 34Ewasamono iya ana wonglanang sawatara kang manunggal karo RasulPaulus lan padha manjing pracaya, kayataDhionesius, warganing pradata Areopagus,lan wong wadon kang aran Damaris, sartauga wong-wong liyane bebarengan karowong-wong mau.

Rasul Paulus ana ing kutha Korinta.

Akwila lan Priskila

18:1-11

181Sawuse mangkono Rasul Paulus banjurnilar kutha Atena, tindak menyang ing

kutha Korinta. 2Ana ing Korinta ketemu karosawijining wong Yahudi jenenge Akwila, asalesaka ing tanah Pontus, kang lagi bae teka sakaing tanah Italia karo Priskila, bojone, sababSang Nata Agung Klaudius dhawuh, supaya

Page 589: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 18.3–9 94

kabeh wong Yahudi lunga saka ing kuthaRum. Rasul Paulus banjur tindak menyang ingomahe, 3 sarta sarehne pagaweane padha,banjur manggen tunggal sapamondhokan.Karone nyambutgawe bebarengan, amargapadha-padha tukang tarub. 4Saben dinaSabat Rasul Paulus memulang ana ing papanpangibadah lan ngudi ngyakinake wong-wongYahudi lan wong-wong Yunani.5Bareng Silas lan Timoteus teka saka ing

tanah Makedhonia, Rasul Paulus bisa mliginyebar pangandika sarta paring paseksenmarang para wong Yahudi, yen GustiYesus iku Sang Mesih. 6Nanging barengwong-wong iku padha madoni lan nyenyamah,panjenengane nuli ngetabake lebu kang anaing pangagemane tuwin ngandika: “Getihmunempuha marang awakmu dhewe; aku resik,ora luput. Wiwit saiki aku bakal maranibangsa-bangsa liya.” 7Sawuse mangkonobanjur miyos saka ing kono, lan banjurtindak menyang ing omahe wong kangaran Titius Yustus, kang ngabekti marangGusti Allah lan kang omahe sandhing papanpangibadah. 8Nanging Krispus, lelurahe papanpangibadah, manjing pracaya marang Gustidalah sabrayate sarta akeh wong Korinta,kang padha ngrungokake pangandikane RasulPaulus, banjur manjing pracaya, nuli padhakabaptis.9 Ing sawijining bengi Gusti ngandika marang

Rasul Paulus sarana wahyu: “Aja wedi! Terusnaanggonmu martakake pangandika lan aja

Page 590: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 18.10–17 95

leren! 10Amarga Aku nunggal karo kowe lanora ana wong kang bakal nyekel lan nganiayamarang kowe, awit umatKu akeh ana ingkutha kene.” 11Mulane Rasul Paulus ngantisataun nem sasi anggone lereb ana ing konosarta mulangake pangandikane Gusti Allahana ing satengahe wong-wong ing kono.

Rasul Paulus ana ingngarsane Gupernur Galio

18:12-1712Ananging bareng Sang Galio jumeneng

gupernur ana ing tanah Akhaya, wong-wongYahudi banjur sabiyantu nglawan Rasul Paulus,diirid marang ngarsane pangadilan, 13ature:“Tiyang punika mbudidaya ngyakinakentiyang-tiyang supados ngabekti dhumatengGusti Allah kanthi patrap ingkang cengkahkaliyan angger-anggering Toret.” 14BarengRasul Paulus arep ngaturake panjawab, SangGupernur ngandika marang wong-wong Yahudimau: “Heh, wong-wong Yahudi, saupamapandakwamu iku bab palanggaran utawakadursilan, wis samesthine manawa akunampani prakaramu, 15nanging manawaana parapadu bab tembung apa jeneng, apaangger-angger tumrap kowe kabeh, iku urusendhewe; aku emoh ngakimi prakara kangmangkono iku.” 16Banjur padha ditundhungsaka ing ngarsane pangadilan. 17Wong ikukabeh banjur nyekel Sostenes, lelurahe papanpangibadah, lan digebugi ana ing ngarsane

Page 591: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 18.18–23 96

pangadilan, nanging Sang Galio babar pisanora mreduli bab iku.

Rasul Paulus kondurmenyang ing Antiokhia

18:18-2318Rasul Paulus isih lereb sawatara dina

engkas ana ing kutha Korinta, banjur pamitanmarang para sadulur ing kono lan sawise parasana ing palabuhan Kengkrea, jalaran kagungannadar, tumuli bidhal layar menyang ing tanahSiria. Priskila lan Akwila padha ndherek.19Bareng wis rawuh ing kutha Efesus, Priskilalan Akwila ditilar dening Rasul Paulus anaing kono. Panjenengane piyambak lumebeting papan pangibadah lan wawan rembagkaro wong-wong Yahudi. 20 Iku padha darbepanyuwun, supaya karsaa lereb sawatarasuwe ana ing kono, nanging ora disembadani.21Panjenengane pamitan kalawan ngandika:“Kula badhe mriki malih, manawi Gusti Allahngarsakaken.” Banjur mancal saka ing Efesus.22Bareng wis rawuh ing kutha Kaisarea banjurmentas lan sawuse ngaturake salam marangpasamuwan, nuli tindak menyang ing kuthaAntiokhia. 23Sawuse lereb sawatara dina anaing kono, panjenengane banjur tindak manehnjajah ing satanah Galati lan Frigia kabeh,nyantosakake atine para siswa kabeh.

Page 592: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 18.24–28 97

Apolos ana ing kutha Efesus

18:24-2824Nalika samana ana ing sawijining wong

Yahudi jenenge Apolos, asale saka ing kuthaAleksandria, teka ing Efesus. Iku wong kangmicara lan putus ing Kitab Suci. 25Dhewekewis tampa piwulang bab Margining Pangeran.Kalawan semangat sarta kalawan patitisanggone nglairake piwulange bab Gusti Yesus,nanging kang disumurupi mung bab baptiseNabi Yokanan. 26Anggone wiwit memulangkalawan kendel ana ing papan pangibadah.Nanging bareng Priskila lan Akwila krungu,Apolos banjur diajak menyang ing omahe sartadiwenehi katrangan kanthi cetha lan tliti babMargining Allah. 27Sarehning Apolos kapenginmenyang ing tanah Akhaya, sadulur-saduluring Efesus nuli kirim layang marang para siswaing kono, supaya ditampanana. Satekaneing Akhaya, marga saka sih-rahmate GustiAllah banjur dadi wong kang migunani bangettumrap para wong kang padha pracaya.28Awitdene tanpa leren anggone madoniwong-wong Yahudi ana ing ngarepe wongakeh sarta nelakake saka ing Kitab Suci, yenGusti Yesus iku Sang Mesih.

Page 593: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 19.1–8 98

Rasul Paulus ana ing kutha Efesus

19:1-12

191Nalika Apolos isih ana ing Korinta,Rasul Paulus wis ndlajahi tanah-tanah

pagunungan lan rawuh ing kutha Efesus.Ana ing kono panjenengane ketemu karosiswa sawatara. 2 Iku padha dipangandikanimangkene: “Punapa panjenengan sampunsami nampeni Sang Roh Suci, nalika samimanjing pitados?” Nanging banjur padhamatur: “Dereng, malah kula dereng natesami mireng, bilih Sang Roh Suci punikawonten.” 3Rasul Paulus nuli ndangu:“Manawi makaten, panjenengan samikabaptis ngangge baptis punapa?” Aturwangsulane: “Ngangge baptisipun NabiYokanan.” 4Pangandikane Rasul Paulus:“Nabi Yokanan punika anggenipun mbaptisngangge baptising pamratobat, sarta lajengngandika dhateng tiyang kathah, bilih kedahpitados dhateng ingkang rawuhipun ngantuni,inggih punika Gusti Yesus.” 5Nalika padhakrungu bab iku, banjur padha kabaptis ingasmane Gusti Yesus. 6Lan nalika Rasul Paulusnumpangi asta wong-wong mau, banjur padhakatedhakan Sang Roh Suci sarta padha wiwitcalathu nganggo basa warna-warna tuwinpadha medhar wangsit. 7Wong-wong maugunggunge kira-kira ana rolas.8Sajroning telung sasi Rasul Paulus rawuh

ing papan pangibadah lan memulang kanthi

Page 594: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 19.9–15 99

tatag; sarana pirembagan-pirembaganmbudi-daya supaya padha kadunungankayakinan bab Kratoning Allah. 9Anangingbareng ana sawatara kang puguh lan tetep oragelem diyakinake, malah ngala-ala MarginingPangeran ana ing ngarepe wong akeh, RasulPaulus banjur nilar wong-wong mau, parasiswane dipisah saka ing kono, sarta ing sabendinane memulang ana ing papan kuliyaheTiranus. 10Bab iki ditindakake rong taunlawase, temahan wong saisining tanah Asiakabeh padha ngrungokake pangandikaneGusti, wonga Yahudi, wonga Yunani.11Gusti Allah ngawontenake mukjijat-

mukjijat kang ngedab-edabi lumatar RasulPaulus, 12malah nganti kacu utawa lawon kangtau diagem dening Rasul Paulus ditumpangakeing wong lara, temahan mari larane sartadhemite padha metu.

Anak-anake Skewa

19:13-2013Ana sawenehe wong Yahudi sawatara,

tukang njapani ideran, kang padha nyobanyebut asmane Gusti Yesus kanggo wongkang kasurupan dhemit, kalawan ngucap:“Kowe daksupatani atas asmane Gusti Yesus,kang diwartakake dening Rasul Paulus.”14Wong-wong kang nindakake mangkonoiku pitu, anake pangareping imam Yahudi,kang jeneng Skewa. 15Nanging dhemitemangsuli: “Kang asma Yesus iku aku wis

Page 595: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 19.16–22 100

wanuh, lan Rasul Paulus aku wis weruh,nanging kowe, sapa kowe iku?” 16Wong kangkasurupan dhemit iku banjur nubruk marangwong-wong mau, padha kalah rosa, mulanekalah, temahan kalawan kawudan lan ketatonpadha lumayu saka ing omahe wong iku.17Bab iku kasumurupan dening kabeh wonging Efesus, wong Yahudi lan wong Yunani,temah kabeh padha ketaman ing wedi, sartaasmane Gusti Yesus dadi saya kondhang.18Akeh wong panunggalane kang wis padhamanjing pracaya, kang padha teka lan ngakuana ing ngarepe wong akeh, yen wis padhatau nglakoni mangkono. 19Uga akeh wongpanunggalane kang wis tau nindakake sikir,kang banjur nglumpukake buku-bukune landiobong ana ing ngarepe wong akeh. Ajinebuku-buku iku ditaksir ana seket ewu dhuwitsalaka. 20Marga saka mangkono pangandikaneGusti saya sumebar lan saya unggul.

Demetrius nganakake pageger

19:21-41 (19:21-40)21Sawise kalakon iku mau kabeh Rasul

Paulus kagungan karsa arep tindak menyangYerusalem nglangkungi tanah Makedhonia lanAkhaya. Pangandikane: “Sawise mrono akuiya kudu weruh kutha Rum.” 22Banjur utusanpambantune loro, yaiku Timoteus lan Erastus,kadhawuhan ndhisiki menyang ing tanahMakedhonia, dene panjenengane piyambakkantun ana ing tanah Asia sawatara mangsa.

Page 596: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 19.23–29 10123Kacarita kira-kira ing wektu iku tuwuh

pageger gedhe marga saka MarginingPangeran. 24Awit ana sawijining kemasanjenenge Demetrius, kang pangupajiwane gawepepethan salaka kabuyutane Dewi Artemis. Ikungolehake kauntungan ora sathithik marangwong kang padha nunggal sapagawean.25Wong-wong iku padha diklumpukakedalah para tukang-tukange kang tunggalsapanggaotan sarta padha dituturi mangkene:“He, para sadulur, kowe kabeh padha sumurup,yen karaharjanku kabeh iku marga sakapanggaotan iki! 26Mangka saiki kowe padhasumurup lan krungu, nyen Paulus iki ora mungana ing Efesus bae, nanging uga meh anaing saindenging tanah Asia, wis mbebujuklan nasarake wong pirang-pirang kalawanmratelakake, yen apa kang digarap deningtanganing manungsa iku dudu dewa. 27Margasaka iku ora mung panggaotan kita bae kangbakal ana sajroning bebaya bakal diremehakeing wong, nanging uga kabuyutane SangArtemis, dewi agung iku, bakal tanpa teges.Lan Sang Artemis piyambak, Sang Artemiskang disembah-sembah dening wong-wongsa-Asia kabeh lan wong sajagad kang wismaju, bakal sirna kaluhurane.” 28Wong-wongmau bareng krungu kang mangkono iku banjurpadha banget nepsune, sarta padha nguwuh-uwuh: “Agung Sang Artemis, sesembahanewong Efesus!” 29Kaanan ing sakutha kabehbanjur dadi kisruh, wong-wong kabeh padhagumrudug menyang ing gedhong-tontonan

Page 597: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 19.30–36 102

lan ngglandhang Gayus sarta Aristarkhus,iku padha wong Makedhonia, kang padhalelungan bebarengan karo Rasul Paulus.30Bareng Rasul Paulus arep tindak menyanging satengah-tengahing wong akeh iku,dipenggak dening para siswane. 31Malahana panggedhe sawatara kang asale sakaing tanah Asia, kang wis dadi mitrane RasulPaulus, iku padha utusan ngengetake marangpanjenengane, supaya aja tindak menyang inggedhong-tontonan. 32Kocapa wong-wong kangpadha nglumpuk ana ing gedhong iku padhabengok-bengok, ana kang nguwuh mangkene,ana kang nguwuh mangkono, sabab kaananekumpulan iku kisruh ora karuwan, kangakeh malah ora padha sumurup apa prelunenglumpuk iku. 33Banjur ana wong kangjenenge Aleksander kang dipurih maju deningwong-wong Yahudi. Iku tampa katrangansaka wong akeh bab apa kang kalakon.Iku banjur kumlawe tangane, arep awehkatrangan minangka panjawab marang wongakeh iku. 34Nanging bareng wong-wong padhamangreti, yen iku wong Yahudi, banjur padhanguwuh-uwuh bebarengan nganti suwenekira-kira rong jam: “Agung Sang Artemis,sesembahane wong Efesus!” 35Nanging tumulidisirep dening panitraning kutha, pangucape:“Heh, wong-wong Efesus! Sapa ta kang orangreti, yen kutha Efesus iku kang rumeksamarang kabuyutane Dewi Artemis, kangmahaagung, sarta recane kang tumurun sakaing langit? 36Bab iku ora kena dipadoni,

Page 598: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 19.37–20.3 103

mulane sadulur kabeh, sing padha tentremlan aja kesusu tumandang. 37Dene mungguhwong-wong kang padha kokgawa mrene ikuora ngrampog kabuyutane sesembahan kitasarta ora nyenyamah asmane. 38Dadi manawaDemetrius lan tukang-tukange duwe prakarakaro sawijining wong, rak wis ana pangadilanlan ana gupernur, dadi cikben padhagugat-ginugat ana ing kono. 39Dene yen anabab liyane kang kokkarepake, iku prayoganedirampungake ana ing parepataning rakyatkang absah. 40Amarga kita padha sumelang,yen nganti ana pandakwa, yen anggon kita ingdina iki padha nuwuhake pageger iki, ora anadhasare kang kena kanggo mbenerake ananekumpulan kang kisruh ora karu-karuwan iki.”41 (19-40b) Kalawan pitutur mangkono ikuanggone mbubarake kumpulan rakyat mau.

Rasul Paulus saka ing tanahMakedhonia menyang ing kutha Troas.

Eutikhus mati kauripake

20:1-12

201Bareng pagegere wis sirep, RasulPaulus tumuli nimbali para siswa

padha disantosakake atine lan swisepamitan banjur bidhal menyang ing tanahMakedhonia; 2ndlajahi talatah kono sartanyantosakake atine para sadulur ing konokalawan pitutur akeh-akeh. Banjur rawuhing tanah Yunani. 3Sawuse telung sasi ana

Page 599: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 20.4–11 104

ing kono panjenengane arep layar menyanging tanah Siria. Nanging ing nalika ikuwong-wong Yahudi padha ngrantam arepnyedani panjenengane. Mulane wangsulekarsa miyos ing tanah Makedhonia. 4Tindakedidherekake dening Sopater anake Pirus, wonging kutha Berea, Aristarkhus lan Sekundus,karone wong ing kutha Tesalonika, Gayus sakaing kutha Derbe, Timoteus lan wong loro sakaing tanah Asia, yaiku Tikhikus lan Trofimus.5Nanging iku padha mangkat dhisik lanngenteni aku kabeh ana ing Troas. 6Nangingsawise riyaya Roti Tanpa Ragi aku kabeh padhamancal saka ing kutha Filipi lan sawise patangdina tekan ing kutha Troas lan ketemu karosadulur-sadulur mau kabeh. Ana ing kono akupadha nginep pitung dina. 7Nalika ing dinakapisan ing minggu iku, aku padha nglumpuknyuwil-nyuwil roti. Rasul Paulus reraosan karopara sadulur ing kono, jalaran karsane arepbidhal esuke. Anggone ngandikan iku ngantiwanci tengah wengi. 8 Ing gedhong ing dhuwurkang padha dakanggo kumpulan iku, akehdamare. 9 Ing kono ana wong nom-nomanjenenge Eutikhus, linggih ing cendhela.Sarehne Rasul Paulus suwe banget anggonengandikan wong anom mau ora bisa nahanngantuke. Wasana banjur keturon, temahantiba saka ing tataran katelu. Bareng digotong,wong mau wis mati. 10Nanging Rasul Paulusbanjur mandhap, ngrungkebi wong anom iku,dirangkul kalawan ngandika: “Wis aja padharibut, dheweke isih urip.” 11Bareng wangsul

Page 600: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 20.12–16 105

minggah, Rasul Paulus banjur nyuwil-nyuwilroti lan dhahar, isih ngandikan maneh ngantisuwe, nganti wanci bang-bang wetan, banjurbidhal. 12Nalika samana wong-wong padhangeterake jejaka mau menyang ing omahe,wis urip, temahan kabeh padha banget lipure.

Saka ing kutha Troas menyanging palabuhan Miletus

20:13-1613Aku padha ndhisiki nunggang prau lan

layar menyang ing palabuhan Asos. Ana ingkono anggonku bakal padha methuk RasulPaulus, awit piwelinge mangkono, denepanjenengane piyambak ngarsakake tindakmiyos ing dharatan. 14Bareng wis kapethukkaro aku ana ing Asos, banjur dakdherekakemenyang kapal, tumuli mbacutake lelayaranmenyang ing kutha Metilene. 15Sawise mancalsaka ing kono, esuke tekan ing sangarepe puloKhios. Ing dina candhake aku padha menyanging pulo Samos lan let sadina maneh tekaning palabuhan Miletus. 16Amarga Rasul Pauluswis ngrancang ora bakal mampir ing kuthaEfesus supaya aja kesuwen ana ing tanahAsia. Sabab karsane ngenggalake tindake,supaya sabisa-bisa ing dina riyaya Pentekostawis rawuh ing kutha Yerusalem.

Page 601: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 20.17–24 106

Rasul Paulus pamitan marang parapinituwane pasamuwan ing Efesus

20:17-3817Marga saka iku Rasul Paulus banjur

utusan wong saka Miletus menyang ingEfesus nimbali para pinituwane pasamuwan.18Satekane padha dipangandikani mangkene:“Kowe padha sumurup, kapriye anggonkupitepungan karo kowe wiwit tekaku ana ingtanah Asia iki: 19anggonku kalawan andhapasor ngabdi marang Gusti. Sajroning pangabdiiku aku kerep banget ngetokake eluh nganticarocosan sarta ngalami pangrencananewong Yahudi pirang-pirang, kang arep mateniaku. 20Sanadyan mangkono, aku ora taunglirwakake apa kang migunani tumrapkowe kabeh. Kabeh wus dakcaritakake landakwulangake marang kowe, ana ing ngarepewong akeh utawa ana ing pakumpulan-pakumpulan ing omahmu; 21aku tansahngyakinake marang wong-wong Yahudi lanYunani, supaya padha mratobata marangGusti Allah sarta padha pracayaa marangGusti kita Yesus Kristus. 22Nanging ing saikineaku lelaku menyang Yerusalem kayadenetawanane Sang Roh, aku ora ngreti apa kangbakal kalakon tumraping aku ana ing kana23 saliyane kang diwedharake dening Sang RohSuci marang aku ana sawiji-wijining kutha,yen aku bakal kakunjara lan sinangsara.24Ananging aku sathithik bae ora ngetung

Page 602: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 20.25–32 107

marang nyawaku, angger aku bisa nutugakelakuku lan ngrampungake bubuhan kangkaparingake marang aku dening Gusti Yesus,iya iku nekseni bab Injile sih-rahmating Allah.25Apadene saiki aku sumurup, yen kowe bakalpadha ora weruh aku maneh, kowe kabehkang wus padha dakparani dakwartani babKratoning Allah. 26Mulane ing dina iki akupratela marang kowe kalawan temen-temen,manawa aku resik, ora kaluputan marang sapabae kang bakal nemu karusakan. 27Sabab akuora nglirwakake ing bab martakake karsaningAllah kabeh marang kowe. 28Mulane padhareksanen awakmu sarta pepanthan kabeh,amarga kowe kang padha dipiji dening SangRoh Suci dadi pamong kang kakarsakakengengon pasamuwaning Allah kang kadarbesarana rahe kang Putra piyambak 29Akusumurup, yen saungkurku bakal ana asu ajagkang galak kang padha nekani kowe lan kangora ngeman marang pepanthan mau. 30Malahsaka ing antaramu bakal ana wong kangpadha muncul lan mulangake bab kang sulaya,pamurihe supaya bisa nggendeng para siswasaka ing dalan kang bener tuwin banjur padhangenut marang wong-wong mau. 31Mulanesing padha waspada lan padha eling-elingen,yen aku telung taun lawase, anggonku rinawengi ora kendhat-kendhat kalawan luhmituturi marang kowe dhewe-dhewe. 32Denesaiki kowe padha dakpasrahake marangGusti lan pangandikaning sih-rahmate, kangkuwasa mbangun kowe lan ngganjar marang

Page 603: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 20.33–21.1 108

kowe bagean kang katamtokake tumrapkabeh wong kang wis kasucekake deningPanjenengane. 33Salaka utawa emas utawasandhangan, aku ora tau kepengin, sakasapa bae. 34Kowe dhewe padha sumurup,yen kalawan tanganku dhewe anggonkunyambut-gawe amrih bisane oleh apa kangdadi kabutuhanku sarta kabutuhane para kangpadha melu aku. 35Tumrap ing sadhengahprakara aku wis aweh tuladha marang kowe,yen wong padha kawajiban nyambut-gawemangkono kagawe mbiyantu wong-wong kangsekeng sarta kudu eling marang pangandikaneGusti Yesus, sabab Panjenengane piyambakwis ngandika: “Rahayu wong weweh,katimbang karo nampani. 36Sawuse ngandikamangkono Rasul Paulus banjur jengkenglan ndedonga bebarengan karo wong-wongmau kabeh. 37Wong kabeh padha nangissenggruk-senggruk lan banjur padhangrangkul Rasul Paulus kalawan ngambungibola-bali. 38Kabeh padha susah apa manehmarga ana pangandikane, yen bakal padhaora sumurup marang pasuryane maneh. Nulipadha nguntapake panjenengane menyanging prau.

Rasul Paulus ana ing kutha Tiruslan ing kutha Kaisarea

21:1-14

211Kacarita sawuse aku padha pepisahankalawan rasa kang abot banget iku, aku

Page 604: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 21.2–8 109

banjur padha mancal terus ngener menyanging pulo Kos. Esuke tekan ing pulo Rodoslan saka ing kono aku nuli padha menyanging kutha Patara. 2Ana ing kono oleh prau,kang bakal menyang ing tanah Fenisia. Akupadha nunggang prau iku lan banjur mangkat.3Sawuse mangkono ing sisih kiwa katon puloSiprus, nanging mung padha dakliwati baesarta banjur terus layar menyang ing tanahSiria. Wasana tekan ing kutha Tirus, jalaranmomotaning prau dibongkar ana ing kono.4Ana ing kono aku padha nemoni para siswasarta nginep ana ing kono pitung dina. Margasaka padha kawisik dening Roh, para siswamau padha nyaosi pamrayoga marang RasulPaulus, supaya aja tindak menyang Yerusalem.5Nanging bareng wis kliwat wektune, akubanjur padha mangkat mbanjurake lakuku.Para siswa saanak bojone padha nguntapakeaku nganti tekan ing jaban kutha; ana inggisik aku padha jengkeng ndedonga. 6Sawisepamitan aku padha munggah ing prau, denewong-wong mau kabeh padha mulih menyanging omahe dhewe-dhewe.7Saka ing kutha Tirus aku padha menyang

ing kutha Ptolemais, nuli padha mentas. Akubanjur padha sesalaman karo para sadulursarta lereb sadina ana ing panggonane.8Esuke aku padha mangkat saka ing konolan banjur tekan ing kutha Kaisarea, njujuging daleme Sang Filipus, juru-Injil, yaikupanunggalane kang pitu, kang kapilih ana ingYerusalem. Aku padha nginep ana ing kono.

Page 605: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 21.9–15 1109Sang Filipus iku kagungan putra estri papat,isih prawan, kang padha ginanjar bisa medharwangsit. 10Sawise lereb sawatara dina ana ingkono, ana sawijining nabi kang rawuh sakaing tanah Yudea, asmane Nabi Agabus. 11 Ikumanggihi aku kabeh, banjur mundhut agemepeningset Rasul Paulus, diagem nangsulisampeyane lan astane piyambak kalawanngandika: “Pangandikane Sang Roh Suci:Kang kagungan paningset iki bakal kabestamangkene iki dening wong-wong Yahudi ingYerusalem sarta bakal kapasrahake marangtangane bangsa-bangsa liya.” 12Krungu kangmangkono iku aku kabeh dalasan para siswaing panggonan kono banjur padha maturmarang Rasul Paulus, supaya aja tindakmenyang ing Yerusalem. 13Nanging RasulPaulus maringi wangsulan mangkene: “Yagenekowe padha nangis lan gawe trenyuhingatiku? Amarga aku wis cumandhang, orangemungake dibanda bae, malah sanadyannganti dipateni pisan ana ing Yerusalemmarga saka asmane Gusti Yesus.” 14Sarehneora karsa ndhahar aturku kabeh, aku iyabanjur mung sumarah sarta ngucap: “KarsanePangeran muga kalampahana!”

Rasul Paulus rawuh ing Yerusalemmanggihi Yakobus lan para pinituwa

21:15-2615Bareng ana ing kutha Kaisarea wis

sawatara dina, aku nuli padha tata-tata sarta

Page 606: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 21.16–23 111

banjur mangkat menyang Yerusalem. 16Parasiswa ing Kaisarea iya ana sawatara kangpadha melu, ngeterake aku kabeh menyanging omahe sawijining siswa lawas kang aranManason, wong saka ing Siprus, kang bakaldakpondhoki.17Nalika aku padha teka ing Yerusalem,

kabeh sadulur nampani aku kalawanbungahing ati. 18Esuke Rasul Paulus tindakbebarengan karo aku menyang ing dalemeSang Pinisepuh Yakobus; kabeh para pinituwawis padha ana ing kono. 19Sawise sesalaman,Rasul Paulus banjur nyaritakake kalawanwijang apa kang wus katindakake deningAllah ana ing antarane bangsa-bangsaliya sarana pangabdine. 20Krungu kangmangkono iku, kabeh padha ngluhurake GustiAllah. Banjur padha matur marang RasulPaulus: “Sadherek, panjenengan nguningani,bilih tiyang Yahudi ewon ingkang sampunsami manjing pitados saha sami sregepnabereni ing angger-angger. 21Anangingtiyang-tiyang wau sami mireng pawartosbab panjenengan mulang dhateng sadayatiyang Yahudi ingkang sami manggen ingsatengahing bangsa-bangsa sanes, supadossami nilar angger-anggeripun Nabi Musa,sami panjenengan penging sampun ngantosnetaki anak-anakipun tuwin manut tata-carakita. 22Mila lajeng kadospundi sapunika?Tamtu sami badhe mireng bilih panjenengansampun rawuh mriki. 23Awit saking punika,sumangga kula aturi nindakaken ingkang kula

Page 607: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 21.24–28 112

aturaken punika: Ing antawis kita wontentiyang sakawan ingkang sami gadhah nadar.24Punika kula aturi ngajak sesarengan sesuci,sarta kula aturi nyanggi wragadipun, supadossami saged cukur rambut. Margi sakingmakaten, tiyang sami badhe saged sumerep,bilih sadaya pawartos bab panjenenganingkang sami dipun pireng punika boten nyatababar pisan saha bilih panjenengan lestantunnetepi angger-anggering Toret. 25Wondenebangsa-bangsa sanes, ingkang sampun samimanjing pitados, punika sampun sami kulakintuni serat, ingkang isi putusan kita, inggihpunika: bilih kedah sami nyirik tetedhan,sesajening brahala, rah, daginging kewantetakan, punapa dene lampah jina.” 26 Ingdina candhake Rasul Paulus banjur ngajakwong-wong mau lan sawise sesuci bebarenga,nuli padha lumebu ing Padaleman Suci sartapratela, yen pundhate dina pasucene iku besuksamasa kurbane sawiji-wijine wus kasaosake.

Rasul Paulus kacepeng

21:27-3627Nalika ngarepake pundhate pitung dinane,

wong-wong Yahudi kang teka saka ing tanahAsia padha weruh Rasul Paulus ana ingPadaleman Suci, banjur nggegerake rakyat lannyekel panjenengane, 28karo nguwuh-uwuh:“He, wong-wong Israel, tulung! Iki wongesing ana ing ngendi-endi mulang marangwong-wong supaya nglawan bangsa kita lan

Page 608: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 21.29–35 113

angger-anggering Toret sarta panggonaniki! Lan saikine dheweke ngajak wong-wongYunani lumebu ing Padaleman Suci lannajisake panggonan suci iki!” 29Amargasadurunge padha sumurup Trofimus wongEfesus bebarengan karo Rasul Paulus anaing kutha lan ngira, yen diajak Rasul Pauluslumebu ing Padaleman Suci. 30Wong sakuthakabeh padha geger, wong akeh padha tekakumrubut lan banjur nyekel Rasul Paulus,diseret metu saka ing Padaleman Suci sartasanalika iku uga lawanging Padaleman Sucipadha diinebake.31Nalika wong-wong mau padha ngrancang

arep nyedani panjenengane, panggedheningwadya-bala mireng kabar, yen wong sakuthaYerusalem padha geger. 32 Iku banjur ngajakwadya-balane dalasan opsir-opsire maraniwong akeh mau. Bareng wong-wong padhanyumurupi rawuhe panggedhe sawadya-balane iku, banjur leren anggone nggebugiRasul Paulus. 33Panggedhe mau nyelakiRasul Paulus, kang banjur dicepeng sartadibesta nganggo rante rangkep loro tuwinndangu, sapa panjenengane iku lan apa kangditindakake. 34Nanging wong akeh iku anakang nguwuh mangkene ana kang mangkono.Sarehne marga saka gegere wong, panggedhemau ora bisa mangretos apa kang sabenerekalakon, mulane banjur dhawuh nggawaRasul Paulus menyang ing beteng. 35Barengtekan ing undhak-undhakan, Rasul Pauluskapeksa diusung dening para prajurit, marga

Page 609: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 21.36–40 114

saka akehe wong kang ngebyuk sek-sekan,36gumrudug nututi karo nguwuh-uwuh:“Kasirnakna tiyang punika!”

Rasul Paulus nyuwun idin,keparenga medhar pangandika

21:37-4037Nalika Rasul Paulus arep digawa lumebu

menyang ing beteng, panjenengane maturmarang panggedhening prajurit mau: “Punapakepareng matur dhateng panjenengan?”Wangsulane: “Kowe kok bisa basa Yunani!38Dadi kowe iku dudu wong Mesir, kangdurung suwe iki nuwuhake pambrontakan lanmlayokake brandhal patang ewu kang asikepgegaman, menyang ing ara-ara-samun?”39Wangsulane Rasul Paulus: “Kula punikatiyang Yahudi, saking Tarsus, warga kithaingkang misuwur ing tanah Kilikia. Kulanyuwun kalilana wicanten dhateng tiyangkathah punika.”40Bareng Rasul Paulus wis dililani dening

panggedhening prajurit mau, banjur jumenenging undhak-undhakan, tumuli kumlawe astanemurih sirepe wong akeh mau. Bareng wispadha sirep, panjenengane banjur ngandikaing basa Ibrani mangkene:

Page 610: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 22.1–5 115

Pamedhar sabdane Rasul Paulusmarang wong-wong Yahudi

22:1-22

221 “Para sadherek saha bapak-bapak,sumangga sami kula aturi mirengaken

panjawab kula dhateng panjenengansapunika.” 2Nalika wong akeh krungu anggonengandika ing basa Ibrani, saya mundhaksirepe. Panjenengane banjur ngandika: 3 “Kulapunika tiyang Yahudi, kalairan ing Tarsus ingtanah Kilikia, nanging kagulawenthah wontening kitha ngriki, kawulang kalayan taliti ingbab netepi angger-anggeripun para leluhurkita wonten ing ngarsaning sampeyanipunSang Gamaliel, matemah kula lajeng dadostiyang ingkang meleng ing pangabektidhumateng Gusti Allah, kados panjenengansadaya punika. 4Punapa dene tiyang-tiyangingkang sami ngenut margi punika samikula kuya-kuya ngantos pejah; jaler-estrisami kula cepengi tuwin kula pasrahakendhateng ing pakunjaran. 5Menggah prakawispunika panjenenganipun Imam Agung sahaPradata Pinisepuh sapepakipun sami sagedparing paseksen, kula inggih kaparinganserat-serat kangge para sadherek ing kithaDhamsyik, lajeng kesah mrika badhe nyepengitiyang-tiyang ing ngriku, ingkang sami ngenutmargi punika, sami bahde kula bekta dhatenging Yerusalem supados sami kaukum.

Page 611: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 22.6–13 1166Nanging sareng lampah kula sampun celak

ing kitha Dhamsyik, inggih punika ing wancitengange, dumadakan wonten cahya ingkanggumebyar saking langit nglimputi kula. 7Kulalajeng dhawah ing siti saha mireng swaraingkang ngandika dhateng kula makaten:Saulus, Saulus, yagene sira nganiaya marangIngsun? 8Atur wangsulan kula: Paduka punikasinten, Gusti? Pangandikanipun: Ingsun ikiYesus saka ing Nasaret, kang sira kuya-kuya.9Tiyang-tiyang ingkang sami sesarengankaliyan kula, inggih sumerep cahya wau,nanging swaraning Panjenenganipun ingkangngandika dhateng kula, punika sami botenmireng. 10Kula lajeng munjuk: Gusti, punapaingkang kedah kawula lampahi? Paringwangsulanipun Gusti dhateng kula: Ngadega,mangkata menyang ing kutha Dhamsyik.Ana ing kana sira bakal diparingi sumurup,apa kang bakal kabubuhake marang sira.11Sarehning kula boten saged ningali, jalaransaking kenging cahya ingkang mblerengimripat wau, mila kanca-kanca ingkang tunggillampah kaliyan kula lajeng nyepeng tangankula, kula katuntun dhateng Dhamsyik.12 Ing ngriku wonten satunggaling tiyangingkang nama Ananias, tiyang ingkang manutangger-anggering Toret saha kaseksenansae wonten ing satengahing sadaya tiyangYahudi ingkang wonten ing ngriku. 13Punikadhateng saha ngadeg ing sacelak kulatuwin wicanten: Saulus, sadulur, melekalan bisaa ndeleng! Sanalika punika ugi

Page 612: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 22.14–21 117

kula saged ningali malih saha nyumerepipiyambakipun. 14Piyambakipun lajengwicanten: Allahe leluhur kita wus netepakekowe supaya nyumurupi karsane, nyumurupiKang Bener sarta krungu swara kang miyossaka ing lesane. 15Sabab kowe pinasthi dadiseksine ana ing ngarepe wong kabeh ingbab samubarang kang wus kokdeleng lankokrungu. 16Lan saiki kapriye, dene kowe isihmangu-mangu? Ngadega, lan kabaptisa sartadosamu karesikana kalawan nyebut asmaneGusti!17Sasampunipun makaten kula lajeng

wangsul dhateng Yerusalem lan nalika kulasaweg ndedonga wonten ing PadalemanSuci, roh kula linimputan ing panguwaosipunAllah. 18Kula ningali Panjenenganipun,ingkang lajeng ngandika dhateng kula:Dienggal, mangkata saka ing Yerusalemdienggal, amarga wong-wong ora bakalnampani paseksenira ing bab Ingsun. 19Aturwangsulan kula: Gusti, tiyang-tiyang punikasami sumerep, bilih kawula punika ingkangndhatengi papan-papan pangibadah sahaingkang nglebetaken tiyang-tiyang ingkangsami pitados dhateng Paduka dhateng ingpakunjaran sarta ingkang nyapu tiyang-tiyangwau. 20Salajengipun nalika rahipun Stefanus,seksi Paduka kawutahaken, kawula wontening ngriku, saha kawula ngrujuki pandamelpunika, punapa dene kawula nenggapanganggenipun tiyang-tiyang ingkang samimejahi. 21Nanging pangandikanipun Gusti

Page 613: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 22.22–27 118

dhateng kula: Mangkata, sabab Ingsun bakalngutus sira adoh, menyang ing panggonanebangsa-bangsa liya.”22Rakyat ngrungokake Rasul Paulus nganti

tekan pangandikane kang mangkono iku,nanging sawise iku banjur wiwit nguwuh-uwuh: “Tiyang punika kasirnakna saking ingbumi, boten pantes gesang!”

Ana ing beteng

22:23-2923Wong-wong mau terus bae anggone

bengok-bengok karo nguncalake jubahesarta nyawur-nyawurake lebu mandhuwur,24mulane panggedhening prajurit banjurdhawuh nglebokake Rasul Paulus menyang ingbeteng sarta mriksa lan nyapu panjenengane,supaya bisa kasumurupan apa sababedene wong-wong iku padha bengok-bengokmangkono ing bab panjenengane. 25Nangingnalika Rasul Paulus dilumahake arep disapu,panjenengane banjur ngandika marang opsirkang nglakoni wajib: “Punapa panjenengandipun parengaken nyapu warganagari Rum,punapa malih tanpa dipun adili?” 26Krungukatrangan mangkono iku, opsir mau banjurlapur marang panggedhening prajurit,ature: “Punapa ingkang badhe panjenengantindakaken? Tiyang punika warganagari Rum?”27Panggedhening prajurit banjur murugi RasulPaulus lan ndangu: “Pratelaa, apa bener koweiku warganagara Rum?” Atur wangsulane

Page 614: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 22.28–23.3 119

Rasul Paulus: “Inggih.” 28Panggedhe prajuritbanjur ngandika maneh: “Anggonku dadiwarganagara Rum iku sarana tuku kalawanrega akeh.” Rasul Paulus mangsuli: “Nangingkula gadhah wewenang punika margi sakingkalairan kula.” 29Wasana wong-wong kangkawajiban nyapu nuli enggal-enggal mundur.Dene panggedhe prajurit iku iya wedi, barengngreti, yen Rasul Paulus iku wong Rum,mangka panjenengane kang dhawuh mbanda.

Rasul Paulus ana ingngarsane Pradata Agama

22:30--23:1130Ewasamono panggedhe prajurit mau

kapengin nguningani kalawan tliti apa kangdadi pandakwane wong-wong Yahudi marangRasul Paulus. Mulane esuke dhawuh nimbaliRasul Paulus saka ing pakunjaran lan dhawuh,supaya pangarepe imam lan Pradata Agamanglumpuk. Banjur dhawuh ngirid Rasul Paulussaka beteng diladekake marang ngarsanePradata mau.

231Rasul Paulus banjur mandeng marangpara warganing Pradata Agama sarta

matur: “Para sadherek, ngantos dumugidinten punika kula tetep gesang kalayanraosing manah ingkang resik wonten ingngarsaning Allah.” 2Nanging Imam AgungAnanias dhawuh marang wong-wong kangpadha ngadeg cedhak Rasul Paulus, supayanapuk tutuke Rasul Paulus. 3Rasul Paulus

Page 615: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 23.4–9 120

nuli mangsuli, ature: “Gusti Allah badhenapuk panjenengan, he, tembok ingkangingusar pethak. Panjenengan lenggahwonten ing ngriki badhe ngadili kula miturutangger-anggering Toret, nanging panjenengannerak angger-anggering Toret, jalaran dhawuhnapuk kula.” 4Wong-wong kang padha ana ingkono calathu: “Kowe iku nyenyamah marangImam-Agunging Allah!” 5Paring wangsulaneRasul Paulus: “O, para sadherek, kula botenmangretos bilih panjenenganipun punikaSang Imam Agung. Pancen wonten seratanmakaten: Sira aja ngucapake tembung alamarang panggedhening bangsamu!” 6Sarehnepanjenengane mirsa, yen wartaning Pradataiku ana kang kalebu golonganing wong Sadukilan ana kang kalebu golonganing wong Farisi,mulane banjur nguwuh ana ing ngarsaningPradata Agama: “Para sadherek, kula punikatiyang Farisi; kula dipun ladosaken dhatenging ngarsaning Pradata punika, jalaran kulangajeng-ajeng dhateng tanginipun tiyangpejah.” 7Bareng panjenengane ngandikamangkono, wong-wong Farisi lan wong-wongSaduki padha dredah satemah wong akehbanjur pecah dadi rong golongan. 8Amargawong Saduki iku padha nganggep, yenpatangen iku ora ana lan iya ora ana malaekatutawa roh, balik wong Farisi nganggeploro-lorone. 9Mulane banjur dadi rame banget.Ana ahli Toret sawatara saka golongan Farisikang maju sarta madoni kalawan keras ujare:“Tumrap kula, tiyang punika boten gadhah

Page 616: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 23.10–15 121

kalepatan! Bokmanawi wonten roh utawimalaekat ingkang sampun mangandikanipiyambakipun.” 10Temahan kaanan ingkono saya kisruh banget. Panggedheningprajurit kuwatir, manawa Rasul Paulus ngantidisempal-sempak dening wong-wong mau,mulane nuli dhawuh marang prajurit-prajurit,supaya padha mundhun ngrebut Rasul Paulussaka ing satengahing wong akeh lan digawamenyang ing beteng.11Bengine Gusti rawuh jumeneng ana

ing sandhinge lan ngandika marangpanjenengane: “Sing teteg atinira, sababkaya dene anggonira kalawan kendel nekseniIngsun ana ing Yerusalem, mangkono uga siraiya prelu nekseni ana ing kutha Rum.”

Wong-wong Yahudi padha komplotan

23:12-2212Bareng wis raina wong-wong Yahudi

nganakake komplotan lan sumpah kalawannyupatani awake dhewe, ora bakal manganutawa ngombe sadurunge nyedani RasulPaulus. 13Gunggunge wong kang padhakomplotan iku patang puluh luwih. 14 Ikupadha nemoni para pangareping imam lanpara pinituwane bangsa Yahudi lan pratela:“Kula sampun sami sumpah kalayan nyupaosibadan kula piyambak, boten badhe nedhautawi ngombe saderengipun mejahi Paulus.15Awit saking punika mugi panjenengansadaya sesarengan kaliyan Pradata Agami

Page 617: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 23.16–20 122

karsaa ngaturi rembag dhateng pangagengingprajurit supados ngladosaken Paulus dhatenging ngarsa panjenengan malih, kados-kadospanjenengan badhe mriksa prakawisipuningkang langkung tliti, wondene kula sadayamangke sampun sami mirantos badhe mejahipiyambakipun saderengipun dumugi ingngarsa panjenengan.”16Nanging kaponakane Rasul Paulus, putrane

kang rayine putri, krungu bab rancangancegatan iku lan banjur menyang beteng.Bareng wis diparengake mlebu, nuli maturbab mau marang Rasul Paulus. 17Rasul Paulustumuli ngaturi sawijining opsir lan matur:“Lare punika kula aturi nyowanaken dhatenging ngarsaning pangagengipun prajurit,jalaran wonten prakawis ingkang preludipun uningakaken ing panjenenganipun.”18Opsir iku banjur nyowanake bocah maumenyang ing ngarsane panggedheningprajurit lan matur: “Kula dipun undangPaulus, tahanan punika, dipun tedhani tulungsupados nyowanaken lare anem punikadhateng ing ngarsa panjenengan, awit wontenbab ingkang prelu dipun aturaken dhatengpanjenengan.” 19Panggedhening prajuritmau banjur nganthi bocahe diajak mangiwa,nuli didangu: “Apa kang arep koklapurakemarang aku?” 20Wangsulane: “Tiyang-tiyangYahudi sampun sami sarujuk badhe nyuwundhateng panjenengan, supados benjing-enjingpanjenengan ngladosaken Bapak Paulusmalih dhateng ing ngarsaning Pradata Agami,

Page 618: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 23.21–24 123

kados-kados Pradata wau kapengin angsalkatrangan ingkang langkung taliti sakingpiyambakipun. 21Nanging panjenengansampun ngantos midhangetaken tiyang-tiyangwau, amargi wonten panunggilanipun ingkangcacahipun langkung saking kawan dasa,ingkang smapun mirantos badhe nyegatpiyambakipun. Tiyang-tiyang wau sampunsami sumpah kalawan nyupaosi badanipunpiyambak boten badhe nedha saha ngombesaderengipun mejahi piyambakipun. Sapunikasampun sami mirantos, kantun ngentosiputusan panjenengan.” 22Panggedhe prajuritbanjur dhawuh marang bocah anom mausupaya mulih kalawan dipangandikanimangkene: “Kowe aja kandha-kandha marangsapa-sapa, yen kowe wis nglapurake bab ikimarang aku.”

Rasul Paulus kapindhahmenyang ing kutha Kaisarea

23:23-3523Sawuse mangkono panggedhe prajurit

mau banjur nimbali opsir loro sarta didhawuhimangkene: “Cawisna prajurit rong atus kangbakal menyang ing Kaisarea karo prajuritjaranan pitung puluh sarta prajurit kangasikep gegaman tumbak rong atus, kira-kirajam sanga bengi iki. 24Cawisna uga kulditunggangan sawatara kanggo Paulus, ikusowanna marang ngarsane Sang Walinagara

Page 619: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 23.25–32 124

Feliks.” 25Nuli damel serat, kang surasanemangkene:26 “Sembah kula, Klaudius Lisias, katur ing

ngarsanipun Ingkang Minulya Sang WalinagaraFeliks.27Tiyang punika dipun cepeng dening

tiyang-tiyang Yahudi. Sareng badhe dipunpejahi, kula lajeng dhateng kalayanmbekta wadya-bala prelu menggak sahangluwari piyambakipun, awit kula mireng,bilih tiyang punika warganagari Rum.28Amrih sagedipun nyumerepi punapasabab-sababing pandakwanipun dhatengtiyang wau, lajeng kula ladosaken dhatengPradataning Agaminipun. 29Tumrap kula lajengsampun cetha, bilih pandawanipun punikagegayutan kaliyan angger-anggering Toretipuntiyang-tiyang wau, namung kemawon botenwonten pandakwa ingkang njalari kengingpaukuman pejah utawi kedah kalebetakening pakunjaran. 30Salajengipun kula tampipalapuran, bilih wonten komplotan ingkangbadhe mejahi piyambakipun. Awit sakingpunika kula lajeng enggal-enggal kengkenannyowanaken piyambakipun dhateng ingngarsa panjenengan. Wondene para ingkangsami ndakwa sampun sami kula ken, supadossami ngajengaken prakawis punika dhatengpanjenengan.”31Para prajurit banjur padha nindakake kaya

kang kadhawuhake. Rasul Paulus ing wektubengi digawa menyang ing kutha Antipatris.32Esuke para prajurit jaranan padha dikon

Page 620: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 23.33–24.4 125

mbacutake lakune karo Rasul Paulus, deneliyane padha bali menyang beteng. 33Satekaneing kutha Kaisarea, para prajurit jarananngaturake layange lan masrahake Rasul Paulusmarang walinagara. 34Bareng wis maos layangmau, walinagara nuli ndangu marang RasulPaulus, asale saka ing propinsi ngendi. Barengmireng, yen Rasul Paulus saka ing tanahKilikia, 35banjur ngandika: “Aku bakal mriksaprakaramu, yen wong sing padha ndakwamarang kowe wis teka ing kene.” Banjurdhawuh, supaya Rasul Paulus ditahan ana ingkratone Sang Prabu Herodhes.

Rasul Paulus ana ing ngarsane Sang Feliks

24:1-27

241Bareng wis limang dina Imam AgungAnanias rawuh bebarengan karo

pinituwa lan juru ngemban prakara, jenengeTertulus. Iku padha sowan ing ngarsanewalinagara sarta ngaturake pandakwanemarang Rasul Paulus. 2Rasul Paulusditimbali maju, dene Tertulus banjur wiwitngaturake panggugate, unjuke: “Dhuh, SangMinulya Feliks, margi saking pambudi-dayapanjenengan kula sadaya tansah ngraosakenkaraharjan saha jalaran saking kawicaksananpanjenengan, kathah sanget ewah-ewahaningkang sae ingkang tumindak kangge bangsakula. 3Bab punika sadaya wontena ing pundikemawon tansah kula tampi kalayan gengingpanuwun. 4Nanging supados sampun ngantos

Page 621: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 24.5–10 126

kadangon anggen kula ngribedi dhumatengpanjenengan, kula nyuwun, mugi panjenengankarsaa midhangetaken atur kula sakedhapkemawon kalayan panggalih panjenenganingkang sampun misuwur kaluberanipunpunika. 5Menggah ing kula sadaya sampuntetela, bilih tiyang punika dados penyakitpes, tiyang ingkang nuwuhaken karuwedanwonten ing satengahing tiyang Yahudi sajagad,saha bilih piyambakipun punika satunggalingpangajengipun golongan tiyang Nasarani.6Malah sampun nyobi ngrisak kasuceningPadaleman Suci. Awit saking punika lajengkula cepeng saha badhe kula adili manutangger-anggering Toret kula. 7Nangingpangageng prajurit Lisias lajeng rawuhnyegah saha ngrebat piyambakipun kanthiroda-peksa, 8 sarta dhawuh, supados sadayatiyang ingkang ndakwa sami sowan ing ngarsapanjenengan. Wondene manawi panjenenganmriksa piyambak, tamtu badhe nguninganisadaya prakawis ingkang kula gigatakenpunika.” 9Lan wong-wong Yahudi iya padhanyarujuki pandakwa iku lan matur, yen pancendhasar mangkono.10Sang Walinagara banjur paring sasmita

marang Rasul Paulus, yen wis diparengakengaturake panjawab. Rasul Paulus banjurmatur: “Kula sumerep, bilih sampuntaun-mataun anggen panjenengan ngastapangadilan tumrap bangsa punika. Milanipuntanpa raos mangu-mangu anggen kulabadhe ngaturaken panjawab tumrap prakawis

Page 622: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 24.11–17 127

punika wonten ing ngarsa panjenengan:11Panjenengan saged nguningani, bilihboten langkung saking kalih welas dinteningkang kapengker punika anggen kuladhateng ing kitha Yerusalem prelu nindakakenpangibadah. 12Boten nate wonten tiyangingkang nyumerepi kula saweg dredahutawi ngawontenaken pageger, punapawonten ing Padaleman Suci, punapa wontening papan pangibadah utawi wonten ingpanggenan sanes ing salebeting kitha punika.13Saha tiyang-tiyang punika boten sagedmbuktekaken wonten ing ngarsa panjenengan,punapa ingkang sapunika kagigataken tumrapkula punika. 14Namung kemawon kulangakeni wonten ing ngarsa panjenengan,bilih kula ngabekti dhateng Allahipun leluhurkula kalayan ngenut Margining Pangeranpunika, inggih punika Margi ingkang dipunwastani sekte dening tiyang-tiyang punika.Kula ngugemi sadaya ingkang kaserat ingangger-anggering Toret saha ing kitabipunpara nabi. 15Kula gadhah pangajeng-ajengdhateng Gusti Allah, sami ugi kaliyantiyang-tiyang punika, bilih badhe wontenpatangenipun tiyang pejah, tiyang ingkangmursid utawi tiyang mursal. 16Awit sakingpunika kula tansah ngudi gesang kalayanraosing manah ingkang murni wonten ingngarsaning Allah saha wonten ing ngajengingmanungsa. 17Sareng sampun sawatawistaun dangunipun, kula wangsul dhatengYerusalem prelu badhe nyukani dana dhateng

Page 623: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 24.18–24 128

bangsa kula saha saos pisungsung. 18Nalikakula saweg nindakaken punika sadaya,wonten tiyang Yahudi sawatawis ingkangdhateng saking tanah Asia, sami nrenjuhi kulawonten ing Padaleman Suci, sasampunipunkula nucekaken badan kula, boten kaliyantiyang kathah utawi boten nuwuhakenpageger. 19 Inggih tiyang-tiyang punikaingkang pancenipun kedah sowan ing ngarsapanjenengan saha ngajengaken panggigat,manawi gadhah prakawis kaliyan kula.20Ewasamanten inggih sampun kajengipuntiyang-tiyang ingkang wonten ing ngrikisapunika punika sami munjuk, piawon punapaingkang pinanggih wonten ing kula, nalikakula wonten ing ngarsaning Pradata Agami.21Punapa bokmanawi namung margi sakingpangucap kula, nalika kula ngadeg wonten ingsatengahing tiyang-tiyang wau, inggih punika:Margi saking bab patangenipun tiyang-tiyangpejah, kula ing dinten punika dipun ladosakenwonten ing ngarsa panjenengan.”22Nanging Sang Feliks, kang wis nguningani

temenan bab Margining Pangeran, karsanengundur prakara iku, pangandikane: “Yenpanggedhe prajurit Lisias wis mrene, aku bakalmutus prakaramu.” 23Banjur dhawuh marangopsir, supaya Rasul Paulus tetep ditahan,nanging kalawan tahanan kang entheng,sarta para mitrane kang padha ngladeni, ajadipenggak.24Let sawatara dina Sang Feliks rawuh karo

garwane, Sang Putri Drusila, putri Yahudi,

Page 624: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 24.25–25.3 129

banjur dhawuh nimbali Rasul Paulus sartanuli midhangetake katrangane bab pracayamarang Gusti Yesus Kristus. 25Nangingnalika Rasul Paulus matur bab kasampurnan,bab ngendhaleni diri, lan bab pangadilankang bakal kalakon, Sang Feliks banjurrumaos ajrih, nuli ngandika: “Cukup samenebae dhisik, saiki mundura; besuk yen akupinuju sela, kowe bakal daktimbali maneh.”26Karodene panjenengane ngajeng-ngajengtampia dhuwit saka Rasul Paulus, mulanekerep ditimbali diajak ngandikan. 27Nangingbareng wis ganep rong taun, Sang Feliksdigentosi Sang Perkius Festus lan kanggonyenengake atine wong Yahudi, Sang Feliksnglestarekake Rasul Paulus katahan ana ingpakunjaran.

Rasul Paulus ana ingngarsane Sang Festus.

Nyuwun munggah ingpangadilane Sang Nata Agung

25:1-12

251Telung dina sawise rawuh ingpropinsi, Sang Festus banjur tindak

saka ing Kaisarea menyang ing Yerusalem.2Para pangareping imam lan wong-wongYahudi kang kajen keringan padha sowanlan ngaturake pandakwane marang RasulPaulus 3 sarta nyuwun kamurahan, kanggawe kojure Rasul Paulus, yaiku supaya

Page 625: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 25.4–10 130

Rasul Paulus didhawuhi menyang Yerusalem.Sabab wong-wong mau padha ngrancangarep nyedani panjenengane ana ing dalan.4Nanging Sang Festus paring wangsulan,yen Rasul Paulus tetep ditahan ana ingKaisarea, dene panjenengane piyambak bakalenggal-enggal kondur mrana. 5Pangandikane:“Mulane wong-wong panunggalanmu kangpadha nyekel panguwasa supaya padhamrana bebarengan karo aku lan ngajokakepandakwane, manawa ana kaluputane.”6Sang Festus anggone lereb ana ing

Yerusalem ora luwih saka wolu utawa sapuluhdina, banjur kondur menyang Kaisarea. Esukepanjenengane lenggah ing pangadilan landhawuh ngladekake Rasul Paulus. 7BarengRasul Paulus wis disowanake, kabeh wongYahudi kang teka saka ing Yerusalem padhangadeg ngepung lan ngaturake gugatanakeh kang abot tumrap panjenengane kangora bisa dibuktekake dening wong-wongmau. 8Kosok-baline Rasul Paulus ngaturakepanjawab mangkene: “Kula sakedhikkemawon boten lepat, punapa dhatengangger-anggering Toretipun tiyang Yahudi,punapa dhateng Padaleman Suci utawidhateng Sang Nata Agung.” 9Ewadene sarehneSang Festus karsa ngepek atine wong Yahudi,nuli maringi wangsulan marang Rasul Paulus,pangandikane: “Apa kowe saguh menyangYerusalem, supaya diadili ana ing kana ana ingngarepku bab prakara iki?” 10Nanging RasulPaulus matur: “Sapunika kula wonten ing

Page 626: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 25.11–15 131

ngarsaning pangadilanipun Sang Nata Agung,kula kedah dipun adili wonten ing ngriku.Kadosdene ingkang sampun panjenenganuningani saestu, sakedhik kemawon kula botenkalepatan dhateng tiyang Yahudi. 11Dados,manawi kula saestu lepat lan nindakakenpiawon ingkang pantes kaukum pejah,kula eklas pejah, nanging manawi punapaingkang kagigataken tumrap kula punikakabukten boten leres, boten wonten tiyangingkang wenang masrahaken kula dhatengtiyang-tiyang punika kadosdene ganjaran.Kula nyuwun minggah dhateng pangadilanipunSang Nata Agung!” 12Bareng wis karembagkaro para warganing pangadilan, Sang Festusbanjur ngandika: “Kowe nyuwun munggahmarang Sang Nata Agung, yen mangkonokowe kudu sowan ing ngarsane Sang NataAgung.”

Rasul Paulus ana ing ngarsane SangPrabu Agripa lan Sang Putri Bernike

25:13-2713Let sawatara dina Sang Prabu Agripa

karo Sang Putri Bernike rawuh ing Kaisareakarsa mbagekake Sang Festus. 14Sarehnelereb ana ing kono sawatara dina, SangFestus nyariyosake prakarane Rasul Paulusmarang Sang Nata, ature: “Ing ngriki wontensatunggaling tiyang tahanan ingkang dipuntilar Feliks, nalika tindak. 15Kala kula wontening Yerusalem, para pangajenging imam

Page 627: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 25.16–21 132

saha para pinisepuhipun tiyang Yahudisami nggigat piyambakipun saha nyuwun,supados tiyang punika dipun ukum. 16Kulamangsuli, bilih tiyang Rum boten gadhahadat masrahaken dakwa kadosdene ganjaran,saderengipun ajeng-ajengan kaliyan ingkangsami ndakwa saha dipun lilani ngaturakenpanjawab tumrap gigatanipun. 17Milanipuntiyang-tiyang wau lajeng sami tumut mrikisesarengan kaliyan kula. Enjingipun kulalajeng ngawontenaken parepatan pangadilansaha aken ngladosaken tiyang punika.18Nanging sareng tiyang-tiyang ingkang saminggigat ngadeg ngupengi piyambakipun, samiboten ngajengaken gigatan bab pandamelawon, kados panginten kula. 19Tiyang-tiyangwau namung sami padudon ing bab-babingkang gegayutan kaliyan agaminipun sahasatunggalipun tiyang ingkang nama Yesus,ingkang sampun pejah, mangka Paulusmratelakaken, bilih Piyambakipun gesang.20Sarehning kula kewedan anggen kulamriksa prakawis ingkang kados makatenpunika, kula lajeng naros piyambakipun,punapa purun dhateng Yerusalem, supadosprakawisipun dipun adili wonten ing ngrika.21Nanging Paulus nginggahaken prakawisipun.Piyambakipun nyuwun, supados lestantundipun tahan, ngantos prakawisipun kaputusdening Sang Nata Agung. Milanipun lajeng kuladhawuhaken, supados tiyang punika lestantunkatahan ngantos saged kula sowanakendhateng ing ngarsanipun Sang Nata Agung.”

Page 628: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 25.22–26 13322Sang Prabu Agripa ngandika marangSang Festus: “Kula kapengin mirengakenpaturanipun tiyang punika piyambak.” Aturwangsulane Sang Festus: “Benjing-enjingpanjenengan badhe mindhangetaken.”23Esuke Sang Prabu Agripa lan Sang

Putri Bernike padha rawuh kalayan upacarakaprabon sarta bareng wis lumebet inggedhong pangadilan bebarengan karopara panggedhening wadya-bala lan parapanggedhe ing kono, Sang Festus banjurdhawuh, supaya Rasul Paulus disowanake.24Sang Festus nuli ngandika: “Sang PrabuAgripa saha para priyagung ingkang samilenggah ing ngriki sesarengan kaliyan kulasadaya. Sami kula aturi mirsani tiyang punika,ingkang dipun gigat dening sadaya tiyangYahudi, wonten ing Yerusalem saha wontening ngriki. Punika sadaya sami ndhatengi kulasaha sami pratela kaliyan bengok-bengok,bilih tiyang punika boten pantes gesanglangkung dangu malih. 25Nanging tumrapkula sampun cetha, bilih piyambakipun botennglampahi ingkang kenging ing paukumanpejah sarta sarehning tiyang punika nyuwunminggah ing pangadilanipun Sang NataAgung, mila kula lajeng mutus badhe kulasowanaken ing ngarsanipun Sang NataAgung. 26Namung kemawon boten wontenpunapa-punapa ingkang gumathok, ingkangkedah kula aturaken ing serat ing ngarsanipunSang Nata Agung bab tiyang punika. Inggihpunika sababipun mila lajeng kula ladosaken

Page 629: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 25.27–26.5 134

wonten ing ngarsa panjenengan, Sang PrabuAgripa, supados sasampunipun kapriksalajeng wontena punapa-punapa ingkangsaged kula serat. 27Amargi pamanggih kula,boten prayogi nyowanaken tiyang tahananboten dipun kantheni gigatan ingkang dipunajengaken tumrap tiyang wau.”

Panjawabe Rasul Paulus ana ingngarsane Sang Preabu Agripa

26:1-11

261Sang Prabu Agripa tumuli ngandikamarang Rasul Paulus: “Kowe wis kalilan

ngaturake panjawab.” Rasul Paulus banjurkumlawe astane sarta ngaturake panjawabmangkene: 2 “Dhuh, Sang Prabu Agripa,kawula rumaos tampi kabegjan, dene ingdinten punika kawula dipun parengakenngaturaken panjawab wonten ing ngarsadalem tumrap sadaya gigatanipun tiyang-tiyang Yahudi dhumateng kawula, 3punapamalih margi paduka nguningani saestu babadat-tata-cara tuwin padudonipun tiyangYahudi. Awit saking punika kawula keparenganyuwun wonten ing ngarsa dalem, mugikarsaa midhangetaken atur kawula kalayansabar.4Sadaya tiyang Yahudi sami nyumerepi

gesang kawula wiwit anem, amargi wiwitwiwitan mila kawula gesang wonten ingsatengahing bangsa kawula ing Yerusalem.5Sampun dangu sanget anggenipun sami

Page 630: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 26.6–11 135

pitepangan kaliyan kawula saha bokbilihpurun, sami saged suka paseksen, bilihkawula gesang kadosdene tiyang Farisi manutgolongan ingkang keras wonten ing salebetingagami kita. 6Dene sapunika kawula kedahngadhep wonten ing ngarsaning pangadilanpunika, jalaran kawula ngajeng-ajeng dhatengkaleksananing prajanjian, ingkang dipunparingaken dening Gusti Allah dhatengpara leluhur kita, 7 saha ingkang dipunantos-antos dening taler kita kalih welas ingsalebetipun sami nindakaken pangibadahipunrinten dalu kaliyan tegen. Inggih margisaking pangajeng-ajeng punika, dhuh, SangPrabu Agripa, kawula dipun gigat deningtiyang-tiyang Yahudi. 8Kadospundi, denepanjenengan sadaya nggalih mokal, bilih GustiAllah nangekaken tiyang pejah? 9Sanadyankadospundi kemawon, kawula piyambak natenginten, bilih kawula kedah tumindak kerasnglawan asmanipun Gusti Yesus saking ingNasaret. 10Bab punika kawula tindakaken ugiwonten ing Yerusalem. Kawula boten namungnglebetaken para suci kemawon dhateng ingpakunjaran, sasampunipun kawula tampipanguwaos saking para pangajenging imam,nanging kawula inggih ngrujuki, bilih tiyang-tiyang punika sami kaukum pejah. 11Wontening papan-papan pangibadah kawula asringnganiaya tiyang-tiyang wau, saha sami kawulapeksa, supados sami nyelaki kapitadosanipun,punapadene margi saking sanget muntabingmanah kawula, tiyang-tiyang wau sami

Page 631: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 26.12–17 136

kawula oyak-oyak, malah ngantos dumugi ingnagari-nagari manca.”

Rasul Paulus ngaturake babanggone mratobat lan katimbalan

26:12-2312 “Lan ing salebeting kawontenan ingkang

makaten punika, nalika kawula kaliyanpanguwaos sacekapipun mundhi dhawuhipunpara pangajenging imam lumampah dhatenging kitha Dhamsyik, 13dumadakan, dhuh, SangPrabu Agripa, nuju ing wanci tengange, wontening tengah margi punika kawula sumerepcahya ingkang nglangkungi padhangingsurya, tumurun saking langit ingkanglajeng nglimputi kawula saha kanca-kancasesarengan kawula. 14Kawula sadaya nuntensami ambruk ing siti, tuwin kawula lajengmireng swara ingkang mangandikani kawulamawi basa Ibrani: Saulus, Saulus, yagene sirakok nganiaya Ingsun? Rekasa sira nungkakangkus. 15Kawula tumunten munjuk: Padukapunika sinten, Gusti? Paring wangsulanipunGusti: Ingsun iki Yesus kang sira kaniaya.16Nanging saiki tangia lan ngadega. Ingsunngatingal marang sira iku prelu netepake siradadi paladen sarta seksi tumrap samubarangkabeh kang wus sira deleng saka Ingsunlan kang bakal Ingsun katingalake marangsira ing tembe. 17Sira bakal Ingsun pisahsaka ing bangsa iki tuwin bangsa-bangsaliyane sarta sira bakal Ingsun utus marani

Page 632: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 26.18–23 137

bangsa-bangsa iku, 18 supaya ngelekakemripate, satemah banjur padha ninggalpepeteng, marani pepadhang sarta uwal sakaing panguwasaning Iblis lan ngungsi marangGusti Allah, supaya padha oleh pangapuraningdosa marga saka pracaya marang Ingsun,apadene banjur tampa warisan ana ingsatengahe para kang wus kasucekake.19Awit saking punika, dhuh, Sang Prabu

Agripa, kawula boten nate boten mbangunmiturut dhumateng wahyu saking swargapunika. 20Nanging ing sakawit kawulamartosaken dhateng tiyang-tiyang Yahudi ingDhamsyik, ing Yerusalem saha ing tanah Yudeasadaya, tuwin ugi dhateng bangsa-bangsasanes, bilih kedah sami mratobat lan ngabektidhumateng Gusti Allah punapadene lajengnglampahi pandamel-pandamel ingkanglaras kaliyan pamratobat wau. 21 Inggihmargi saking punika tiyang-tiyang Yahudilajeng sami nyepeng kawula wonten ingPadaleman Suci saha ngangkah pejah kawula.22Nanging margi saking pitulunganipun GustiAllah, kawula saged gesang ngantos dumugisapunika sarta saged nglairaken paseksendhateng tiyang-tiyang alit saha dhatengpara pangageng. Wondene ingkang kawulawartosaken punika boten sanes kajawi ingkangsaderengipun sampun kawartosaken deningpara nabi lan ugi dening Nabi Musa, 23 inggihpunika, bilih Sang Mesih kedah nandhangsangsara saha bilih Panjenenganipun punikaingkang rumiyin piyambak badhe wungu

Page 633: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 26.24–29 138

saking antawisipun tiyang pejah, saha bilihPanjenenganipun badhe martosaken babpepadhang dhateng bangsa punika sahadhateng bangsa-bangsa sanes.”

Rasul Paulus ngaturi Sang PrabuAgripa supaya pitados

26:24-3224Bareng Rasul Paulus ngaturake bab iku

mau kabeh minangka panjawab, Sang Festusbanjur ngandika kalawan sora: “Kowe ikuowah, Paulus! Kawruhmu kang akeh ikunjalari kowe banjur edan.” 25Nanging RasulPaulus nuli matur: “Kawula boten ewah,dhuh, Sang Festus ingkang minulya! Kawulangaturaken kasunyatan kalayan pikiraningkang saras! 26Sang Prabu ugi nguninganiprakawis punika sadaya, awit saking punikakawula kalawan tatag saha tanpa tedhengaling-aling matur wonten ing ngarsanipun.Kawula yakin, bilih sadaya punika botenwonten satunggal kemawon ingkang derengnate kapirengaken, awit prakawis punikaboten kalampahan wonten ing panggenaningkang kiwa. 27Punapa paduka, dhuh, SangPrabu Agripa, pitados dhateng para nabi?Kawula sumerep, bilih paduka pitados.”28Paring wangsulane Sang Prabu Agripa: “Mehbae kowe ngyakinake aku supaya dadi wongKristen!” 29Unjuke Rasul Paulus: “Kawulabadhe ndedonga dhateng Gusti Allah, supadosboten namung paduka kemawon, nanging ugi

Page 634: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 26.30–27.3 139

tiyang-tiyang sanes ingkang wonten ngrikisaha mirengaken atur kawula punika, enggalutawi dangu-dangu, sami dados kadosdenekawula, kajawi blenggu punika.” 30SangNata, Sang Walinagara tuwin Sang PutriBernike lan kabeh kang padha lenggah banjurpadha jumeneng. 31Nalika miyos, padhareraosan: “Tiyang punika boten nglampahiingkang kenging paukuman pejah utawipaukuman pakunjaran.” 32Sang Prabu Agripangandika marang Sang Festus: “Tiyang punikasajatosipun sampun saged luwar, upami botennginggahaken prakawisipun dhumateng SangNata Agung.”

Rasul Paulus digawamenyang ing kutha Rum

27:1-13

271Bareng wis diputus, aku kabehbakal lelayaran menyang ing tanah

Itali, Rasul Paulus lan wong tahanan liyanesawatara dipasrahake marang sawijining opsirwadyabalane Sang Nata Agung, jenengeYulius. 2Aku padha nunggang kapal sakaing palabuhan Adramitium kang bakal layarmenyang ing palabuhan-palabuhan ingsauruting pesisire tanah Asia, tumuli padhamangkat. Aristarkhus, wong Makedhonia sakaing kutha Tesalonika, mbarengi lakuku. 3Esukemampir ing kutha Sidon. PangrengkuheYulius marang Rasul Paulus becik, mulanedililani nemoni para mitrane, supaya padha

Page 635: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 27.4–12 140

nyukupi kabutuhane. 4Sarehne nampek angin,anggonku padha lelayaran saka ing kono mlipiring pesisiring pulo Siprus, 5banjur nrajanging sagara ing sangareping tanah Kilikia lanPamfilia, nuli padha tekan ing kutha Mira ingtanah Likia.6Ana ing kono opsir mrangguli kapal saka

ing kutha Aleksandria, kang arep lelayaranmenyang ing tanah Itali. Aku kabeh padhadielih mrono. 7Nganti pirang-pirang dinaanggonku padha lelayaran meh ora bisa maju,sarta kalawan rekasa banget anggonku padhabisa nyedhaki kutha Knidus. Sarehne angineterus bae ora becik, aku kabeh mlipir ingpasisire pulo Kreta, ngliwati tanjung Salmone.8Kalawan rekasa banget anggonku ngliwatitanjung mau, tumuli tekan ing panggonan,kang aran Palabuhan Becik, ing sacedhakekutha Lasea. 9Nalika samana wis akeh wektukang muspra. Wektu puwasa wis kliwatlan manawa mbacutake anggonku padhalelayaran wis mbebayani. Awit saka ikuRasul Paulus nuli ngengetake marang wongkabeh, pangandikane: 10 “Para sadherek,saking pangraos kula, anggen kula samilelayaran punika badhe manggih aral kathahsaha badhe kapitunan ageng, boten namungbaita samomotanipun kemawon, nangingdalasan gesang kita pisan.” 11Ewadene opsirmau milaur ngandel marang juru-mudhi lannangkoda tinimbang karo pangandikane RasulPaulus. 12Nanging sarehne palabuhan iku orakapenak dilereni ing mangsa atis, mulane

Page 636: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 27.13–19 141

wong-wong mau kang akeh padha sarujuk,manawa mbacutake laku lan mbudidayabisane tekan ing kutha Feniks sarta banjurleren ana ing kono sajrone mangsa atis iku.Kutha Feniks iku sawijining palabuhane puloKreta, kang adhepe ngidul ngulon lan ngalorngulon. 13 Ing nalika iku ana angin sumilir sakaing kidul, mulane wong-wong padha ngira,yen sedyane mesthi bakal kaleksanan. Banjurpadha mbedhol jangkar lan layar mlipir cedhakbanget karo pulo Kreta.

Praune kandhas

27:14-4414Nanging ora antara suwe nuli ana

prahara saka ing pulo iku, kang diarani angin“Lor-Wetan”. 15Praune kabuncang lan ora bisanahan tumempuhing angin. Mulane aku kabehbanjur pasrah lan ngeli bae. 16Wasana akupadha kentir tekan ing pasisiring pulo cilikkang aran Kauda; ana ing kono kalawan rekasaanggonku padha bisa nggondheli sekociningkapal. 17Bareng sekoci mau diunggahake ingkapal, wong-wong padha ngudi nulungi kapalesrana digodhi. Sarehne sumelang manawakapale bakal kandhas ing klabar Sirtis,layare nuli diudhunake lan banjur ngeli bae.18Sarehne banget naggonku padha katempuhing prahara, mulane esuke wong-wongpadha wiwit mbuwangi momotaning kapalmenyang ing sagara. 19 Ing telung dinanepadha mbuwangi pirantining kapal dhewe.

Page 637: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 27.20–26 14220Bareng nganti sawatara dina srengengeutawa lintang-lintang ora katon sarta tansahkaancam ing angin prahara kang nggegirisi,aku kabeh wis ora duwe pangarep-arep yenbakal slamet.21Lan sarehne wong-wong wis suwe anggone

padha ora mangan, Rasul Paulus tumulijumeneng ana ing satengahe sarta ngandika:“Para sadherek, manawi sami ndhahar aturkula, supados boten mancal saking pulo Kreta,kita tamtu boten ngraosaken kasisahan sahaboten kapitunan makaten punika! 22Ewadenesapunika ing salebeting kasangsaran punika,keparenga kula ngaturi pamrayogi, sami kulaaturi tatag kemawon ing salebeting panggalih,amargi panunggilan panjenengan satunggalkemawon boten wonten ingkang badhe tiwas,kajawi namung baitanipun. 23Awit kala waudalu wonten malaekating Allah, inggih punikaGusti Allah, ingkang kula sembah tuwiningkang ndarbeni kula, jumeneng wontening sandhing kula 24 sarta ngandika: “Ajawedi, Paulus! Kowe kudu sowan marang ingngarsane Sang Nata Agung lan sanyatanemarga sih-rahmating Allah, kabeh wong kangbebarengan karo kowe ana ing prau iki bakalpadha slamet, marga saka kowe. 25Milanipundipun tatag kemawon panggalih panjenengan,para sadherek! Awit kula pitados dhateng GustiAllah, bilih sadaya tamtu badhe kalampahan,kados ingkang kapangandikakaken dhatengkula wau. 26Ananging kula sadaya kedah

Page 638: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 27.27–34 143

ngandhasaken baita punika wonten ing salahsatunggaling pulo.”27Nalika ing bengine kang kaping patbelas

aku kabeh isih terus diontang-antingake anaing sagara Adria. Nanging bareng tengahwengi wong-wong prau padha krasa, yen wiscedhak karo dharatan. 28Banjur ngukur jeronenganggo bandhul jajagan, tinemu rong puluhdhepa. Bareng wis maju sawatara, nuli njajagimaneh, tinemu limalas dhepa. 29Sarehne akukabeh sumelang, yen bakal kandhas ing salahsawijining parang, mulane wong-wong padhambuwangi jangkar papat kang ana ing buritansarta aku padha ngarep-arep, muga-mugaenggal esuk. 30Nanging wong-wong kapalpadha sumedya minggat saka ing prau,sarta padha ngudhunake sekoci, rewa-rewaarep mbuwangi jangkar saka ing ngarep.31Mulane Rasul Paulus banjur matur marangopsir lan para prajurit: “Manawi tiyang-tiyangpunika boten lestantun wonten ing baita,panjenengan sadaya boten badhe wilujeng.”32Para prajurit banjur ngethoki talining sekoci,tumuli dicegurake.33Bareng wis ngarepake raina, Rasul

Paulus ngatag marang wong kabeh, padhadipurih mangan, pangandikane: “Sampunkawan welas dinten dangunipun anggenpanjenengan sami ngantos-antos kemawon,nahan-nahanaken luwe boten dhahar punapa-punapa. 34Milanipun kula ngaturi pamraogi,sami karsaa dhahar rumiyin. Bab punikaprelu kangge kawilujengan panjenengan. Ing

Page 639: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 27.35–43 144

antawis panjenengan boten wonten satunggalkemawon ingkang badhe kecalan rambutsanadyan namung saeler kemawon sakingsirahipun.”35Sawise ngandika mangkono, panjenengane

nuli mundhut roti, lan sawise saos sokurmarang Gusti Allah ana ing ngarepe wongakeh, rotine banjur dicuwil-cuwil sarta wiwitdhahar. 36Wong kabeh banjur padha lejaratine, lan iya banjur uga padha mangan.37Gunggungku kabeh kang ana ing kapal ikuana rong atus pitung puluh enem. 38Sawisepadha wareg, momotan gandum padhadibuwangi menyang ing sagara, supayapraune bisa entheng. 39Lan bareng wis awan,wong-wong padha ndeleng sawijining telukkang pasisire warata. Sanadyan padha durungtau weruh dharatan ing kono, ewasamonobanjur mutus sabisa-bisa arep ngandhasakepraune ana ing kono. 40Tali-talining jangkardikethoki, jangkare padha ditinggal ana ingdhasaring sagara. Tali-tali kemudhi padhadiuculi, banjur masang layar panampek,supaya angin bisa nyurung praune menyanging pasisir. 41Nanging banjur nabrak klabar,temahan praune kandhas. Perangan kangngarep ambles ora bisa obah, dene kang buriremuk marga saka panempuhing alun kangnggegirisi.42Nalika samana para prajurit sedyane arep

mateni pasakitan kabeh, supaya ora anasiji-sijia kang bisa minggat kalawan nglangi.43Nanging opsire kapengin nggesangi Rasul

Page 640: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 27.44–28.6 145

Paulus. Mulane niyate para prajurit maudigagalake sarta prentah, supaya wong-wongkang bisa nglangi padha ndhisiki nyeguring sagara lan munggah ing dharatan,44dene wong-wong liyane padha didhawuhinusul kalawan migunakake blabag utawapecahan-pecahan prau. Mangkono dadinewong kabeh mau padha bisa munggah ingdharatan kanthi slamet.

Rasul Paulus ana ing pulo Malta

28:1-10

281Bareng aku kabeh wis tekan ingpasisir kanthi slamet, aku lagi padha

ngreti, yen pulo iku jenenge pulo Malta.2Wong pribumi ing pulo kono becik bangettangkep marang aku kabeh. Padha gawe totorgedhe sarta banjur ngajak aku kabeh mrono,jalaran wis wiwit udan, lan hawane adhem.3Nalika Rasul Paulus mundhut kayu garingsabongkok lan ditumpangake ing geni mau,ana ula bedhudhak kang metu, amarga sakapanase. 4Bareng wong-wong padha ndelengula kumlawer kanthil ing astane Rasul Paulus,banjur padha rerasanan: “Wong iki mesthiwong kang dosa pati, sabab sanadyan wisbisa oncat saka bebaya ing sagaya, DewiKaadilan ora marengake dheweke lestari urip.”5Nanging Rasul Paulus nuli ngipatake ula maumenyang ing geni, dene panjenengan babarpisan ora apa-apa. 6Ewadene wong-wongpadha ngira, yen bakal abuh utawa bakal seda

Page 641: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 28.7–13 146

sanalika iku uga. Nanging dienteni ngantisuwe, padha weruh, yen panjenengane oraapa-apa, satemah banjur mbalik panemune,ngarani, yen Rasul Paulus iku dewa.7Ora adoh saka ing panggonan kono ana

palemahan, kagungane gupernur ing puloiku. Gupernur iku asmane Publius. Iku kangnampani lan paring pamondhokan marangaku kabeh lawase telung dina kalawanrumaket. 8Kacarita nalika samana ramaneSang Publius sarean bae marga gerah benterlan desentri. Rasul Paulus banjur tindaklumebet ing kamare nuli ndedonga sartabanjur numpangake astane ing sarirane,satemah dadi senggang. 9Sawuse lelakonkang mangkono iku, wong-wong lara liyaneing pulo kono padha sowan, lan iya padhadiwarasake. 10Awit saka iku wong-wong maubanget anggone padha ngajeni marang akukabeh sarta bareng aku padha mangkat,padha nyangoni apa sakabutuhanku.

Rasul Paulus rawuh ing kutha Rum

28:11-1611Sawise telung sasi aku padha mangkat

saka ing kono, nunggang kapal saka ingAleksandria kang sasuwene mangka atislabuh ana ing pulo kono. Kapal mau nganggolambang Dhioskuri. 12Aku padha mampir ingkutha Sirakusa lan leren ana ing kono telungdina. 13Saka ing kono banjur layar turutpasisir, nuli tekan ing kutha Regium. Sadinane

Page 642: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 28.14–18 147

maneh banjur ana angin saka kidul lan ingdina kapindhone padha tekan ing kutha Putioli.14Ana ing kono ketemu karo para warganingpasamuwan, banjur dipurih nginep pitungdina. Sawise mangkono nuli budhal menyanging kutha Rum. 15Para sadulur ing kono wispadha krungu warta bab tekaku kabeh, banjurpadha methuk nganti tekan ing papan kangaran Forum Apius lan ing Tres Taberne. BarengRasul Paulus mirsani para sadulur mau, banjurngunjukake panuwun marang Gusti Allah sartaiku ndadekake santosaning panggalihe.16Bareng aku wis padha tekan ing kutha

Rum, Rasul Paulus diparengake dedalempiyambak karo prajurit siji kang rumeksa.

Rasul Paulus wawan pangandika karowong-wong Yahudi ing kutha Rum

28:17-2917Sawise telung dina Rasul Paulus nuli

ngaturi rawuh para panggedhening bangsaYahudi lan bareng wis padha nglumpuk, banjurdipangandikani mangkene: “Para sadherek,sanadyan kula boten kalepatan dhatengbangsa kita utawi dhateng adat-tata-caranipunpara leluhur kita, ewadene kula dipun cepengwonten ing kitha Yerusalem saha lajeng dipunpasrahaken dhateng tiyang Rum. 18Sarengkula sampun kapriksa, sami sumedyangluwari, amargi boten wonten kalepatan kulasatunggal kemawon, ingkang pantes katraping paukuman pejah.

Page 643: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 28.19–25 14819Ananging tiyang-tiyang Yahudi sami

mabeni, mila kula lajeng kapeksanginggahaken prakawis punika dhatenging ngarsanipun Sang Nata Agung, nangingboten kanthi sedya badhe nggigataken bangsakita. 20Pramila kula lajeng ngaturi rawuhpanjenengan sadaya prelu badhe pirembagan,amargi awit saking pangajeng-ajengipunbangsa Israel punika kula lajeng karante.”21Nanging banjur padha mangsuli: “Kulaboten sami tampi serat-serat saking tanahYudea bab panjenengan, punapa deneinggih boten wonten satunggal kemawonsaking sadherek-sadherek kita ingkangmriki martosaken bab ingkang awon tumrappanjenengan. 22Nanging kula sami kapenginmirengaken saking panjenengan, kadospundipamanggih panjenengan, awit kula samisumerep, bilih golongan punika wonten ingpundi-pundi dipun lawan.”23Banjur padha namtokake dinane. Ing

dina kang wis katamtokake iku, wong-wongmau padha teka ing dalem pamondhokaneRasul Paulus. Panjenengane nuli paringkatrangan lan paseksen bab KratoningAllah sarta ngyakinake bab Gusti Yesusadhedhasar angger-anggere Nabi Musa lankitabe para nabi. Pamulange wiwit esuk ngantisore. 24Ana kang banjur padha nganggepmarang pangandikane, nanging iya anakang tetep ora pracaya. 25Banjur padhabubar kalawan bebencengan. Nanging RasulPaulus isih nglairake pangandika satembung,

Page 644: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

LELAKONE PARA RASUL 28.26–31 149

kang mangkene: “Kasinggihan temenpangandikanipun Sang Roh Suci lumatar NabiYesaya dhateng leluhur kita, wiraosipun:26Sira maranana bangsa iki lan tutura:Sira bakal padha krungu, nanging ora

mangreti,bakal ndeleng, nanging ora sumurup.27Sabab atine bangsa iki ndableg,lan kupinge wis dadi jampeng,tuwin mripate padha dieremake;supaya mripate aja nganti ndelenglan kupinge aja nganti krungutuwin atine aja nganti mangretibanjur mratobat temah Sunwarasake.

28Pramila kauningana, bilih kawilujenganingkang saking Gusti Allah punika lajengkaparingaken dhateng bangsa-bangsa sanesingkang sami badhe mirengaken.” 29 [SawuseRasul Paulus ngandika mangkono, wong Yahudibanjur padha bubar kalawan bebencengan ingpanemu kang akeh.]

Rasul Paulus ngabarake babKratoning Allah ana ing kutha Rum

28:30-3130Kacarita Rasul Paulus nganti genep rong

taun anggone manggen ana ing dalem kangdisewa piyambak. Kabeh wong kang sowanpadha ditampeni. 31Panjenengane martakakeKratoning Allah lan mulang bab Gusti YesusKristus kalawan tatag sarta ora ana kangmambengi.

Page 645: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM

Salam

1:1-7

11Saka Paulus, abdine Sang KristusYesus, kang katimbalan dadi rasul, kapiji

nggelarake Injile Gusti Allah, 2kang sadurungewus kaprasetyakake lumantar para nabine anaing kitab-kitab suci, 3bab Kang Putra, kangdumados saka tedhake Sang Prabu Dawudmungguh ing daging, 4 lan miturut Rohingkasucen, kang kayekten ana ing wungunesaka ing antarane wong mati, manawaPanjenengane iku Putrane Gusti Allah kangkuwaos, yaiku Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.5Kalawan lumantar Panjenengane, aku padhaoleh sih-rahmat sarta kalenggahan rasul,kadhawuhan nuntun marang kabeh bangsa,supaya padha pracaya lan mbangun-turutmarang Asmane. 6Kowe uga padha klebuing antarane wong-wong mau, kowe kangwus padha katimbalan dadi kagungane SangKristus, 7marang sakehe para sadulur kangmanggon ing kutha Rum, iya para kekasiheGusti Allah, kang katimbalan lan kadadekakesuci. Sih-rahmat anaa ing kowe kabeh lantentrem-rahayu saka Gusti Allah Rama kita lansaka Gusti Yesus Kristus.

Page 646: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 1.8–15 2

Rasul Paulus kapengin menyang Rum

1:8-158Luwih dhisik aku saos sokur marang Allahku

marga dening Gusti Yesus Kristus ing ngatasekowe kabeh, awit kabar bab pracayamu wussumebar ing sajagad. 9Sabab Gusti Allah kangdakladeni kanthi gmolonging atiku ing sajronengabarake Injile Kang Putra, iku kang dadiseksiku anggonku ora pegat ngelingi marangkowe ana ing sajroning pandongaku: 10Akunyenyuwun, muga-muga marga saka karsaneGusti Allah ing wekasane aku bisa oleh dalanniliki kowe kabeh. 11Awit aku kapenginketemu kowe, prelu ngwenehi ganjarankasukman, murih undhaking kasantosanmu,12yaiku, supaya aku ana ing antaramu melukalipur dening pracaya kita, iya pracayamu,lan iya pracayaku. 13Para sadulur, karepkusupaya kowe padha sumurupa, yen akuwis kerep duwe niyat niliki kowe, supayaana ing satengahmu aku uga bisa methikwoh kayadene ana ing satengahing parabangsa saliyane bangsa Yahudi, -- nangingnganti saprene tansah ana alangan --. 14Akukapotangan kabecikan marang wong Yunani,mangkono uga marang wong saliyane Yunani,wong wasis lan wong bodho. 15Yaiku kangnjalari aku uga kapengin ngabarake Injilmarang kowe kang padha manggon ing kuthaRum.

Page 647: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 1.16–21 3

Injil iku kakiyatane Gusti Allah

1:16-1716Ujer aku ora isin mungguhing Injil,

awit Injil iku kakiyatane Gusti Allah kangndadekake rahayu angger wong kang pracaya,luwih-luwih wong Yahudi, nanging ugawong Yunani. 17Sabab ing kono kalairakekabeneraning Allah, kang metu saka ingpracaya lan nuntun marang pracaya, kayakang katulisan, wiraose: “Wong kang beneriku bakal urip saka pracaya.”

Paukumane Gusti Allah tumrappamblasar lan durakaning manungsa

1:18-3218Sabab bebendune Gusti Allah kalairake

saka ing swarga marang sarupaningpamblasar lan durakaning manungsa kangnampik kayekten marga dening duraka. 19Awitkang bisa disumurupi mungguhing GustiAllah iku wus cetha tumrap wong-wong mau,jalaran wis padha kaparingan sumurup deningGusti Allah. 20Awitdene kang ora katingalana ing Gusti Allah, iya iku kakiyatane kanglanggeng lan kaallahane, iku wiwit dumadinejagad bisa kasumurupan saka ing pakaryane,satemah wong-wong padha ora bisa diaranitanpa kaluputan. 21Amarga sanadyan padhawanuh marang Gusti Allah, ewadene ora padhangluhurake Panjenengane kang jumeneng

Page 648: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 1.22–28 4

Gusti Allah, utawa ora saos sokur marangPanjenengane. Nanging pangangen-angenedadi tanpa guna, lan atine kang bodho dadipeteng. 22Anggepe padha pinter, nangingsatemene bodho. 23Padha nglironi kamulyaneGusti Allah kang langgeng kalawan pepethankang mirip manungsa kang bisa lebur, lanpepethan manuk, sarta kewan asikil papat,apadene kewan-kewan rumangkang.24Mulane padha diulungake dening Gusti

Allah marang pepenginaning atine kangrusuh, satemah padha rusuh-rinusuhaning badane. 25Awitdene iya padha nglironikayektene Gusti Allah kalawan barang pulasan,padha ngluhurake sarta ngabekti marangpepadhanging tumitah, nglalekake marangkang nitahake, kang mesthine kudu pinuji-pujiing salawas-lawase. Amin. 26Mulane GustiAllah ngulungake wong-wong mau maranghawa-nepsu kang gawe wirang, sabab singwadon padha nglironi cara awor turu nganggopatrap nyulayani kodrat. 27Mangkono ugakang lanang padha ninggal patrap sapaturonkang lumrah karo kang wadon, nangingkalawan ati kang ngangsa-angsa duwekekarepan marang pepadhane, satemahnindakake kanisthan karo padha lanang,mulane padha nampani piwales kang murwattumrap pamblasare iku ana ing awake dhewe.28Dadi sarehne rumangsane ora prelu ngakoniGusti Allah, mulane Gusti Allah iya ngulungakewong-wong mau marang pangangen-angenkang nistha, temahan padha nindakake

Page 649: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 1.29–2.3 5

patrap kang ora patut, 29kebak ing sarupaneduraka, kadursilan, kethaha sarta piala,padha kebak drengki, gawe pati, tukar padu,culika sarta pikiran ala. 30Padha dhemenwadul, mitenah, sengit marang Gusti Allah,kurang ajar, kumlungkung, umuk, sugihpangreka ala, ora mbangun-turut marangwong tuwa, 31 tanpa budi, ora setya, ambekkamitegan, ora welasan. 32Sabab sanadyanngreti marang pamundhute angger-anggereGusti Allah, yaiku yen sadhengah wong kangpadha nglakoni kaya mangkono mau panteskapatrapan ing paukuman pati, nanging orangamungake nglakoni dhewe bae, nangingiya ngrujuki marang kang padha nglakonimangkono.

Gusti Allah iku ora pilih kasih

2:1-16

21Mulane, heh manungsa, sapa bae kangnjeksani wong liya, kowe dhewe ora kena

diarani tanpa kaluputan. Awit ing sajronekowe njeksani wong, ateges matrapi awakmudhewe, amarga kowe kang njeksani wongiku, pratingkahmu dhewe iya mangkono uga.2Kita rak padha sumurup yen paukumaneGusti Allah iku ing sabener tumrap sapabae kang nglakoni iku mau. 3Dene kowe,heh manungsa kang njeksani kang duwepratingkah mangkono mau, mangka kowedhewe uga nglakoni, apa kowe ngira, yenkowe bakal luput saka ing paukumane Gusti

Page 650: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 2.4–13 6

Allah? 4Apa kowe arep ngremehake luberingkamirahan sarta sabar sarehe Gusti Allah? Apakowe ora sumurup manawa kamirahane GustiAllah iku nuntun kowe marang pamratobat?5Nanging marga saka wangkoting atimu kangora gelem mratobat iku, dadine kowe numpukbebendu kanggo awakmu dhewe, ngantitumeka ing dinane kababaring bebendu lanpangukume Gusti Allah kang adil, 6kang bakalmales marang sawiji-wijining wong saukurkaro panggawene, 7yaiku wong kang ngantepipanggawe becik, tansah ngupaya kamulyansarta kaluhuran lan kalanggengan, wongiku bakal padha kaparingan urip langgeng,8nanging wong kang mburu karepe dhewe,ora mbangun-turut marang kayekten, rumaketing duraka, iku bakal padha kawales bebendusarta deduka. 9Sangsara lan rupekingati bakal tumama marang angger wongkang gawe piala, kang dhisik wong Yahudi,lan samono uga wong Yunani, 10nangingkamulyan, kaluhuran lan tentrem-rahayubakal kaparingake marang sawiji-wijiningwong kang nindakake kabecikan, dhisike wongYahudi lan uga wong Yunani. 11Sabab GustiAllah ora pilih kasih.12Ujer kabeh wong kang gawe dosa

kalawan sepi ing angger-anggering Toretiku bakal padha sirna iya kalawan sepi ingangger-anggering Toret; lan kabeh wongkang padha dosa ing sajrone kawengku ingangger-anggering Toret, iku bakal padha diadilisarana angger-anggering Toret. 13Amarga

Page 651: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 2.14–19 7

wong kang bener ana ing ngarsane Gusti Allahiku dudu kang ngrungokake angger-anggeringToret, nanging kang netepi angger-anggeringToret. 14Manawa bangsa-bangsa liya kang oranduweni angger-anggering Toret marga sakaprentuling atine dhewe nglakoni apa kangkamot ing angger-anggering Toret, wong-wongiku mau kang dadi angger-anggering Torettumrap awake dhewe, sanadyan ora nduweniangger-anggering Toret. 15Amarga kalawanmangkono iku wong-wong mau padhanelakake, manawa pepakone angger-anggerwis katulis ana ing atine, sarta rumangsaningatine melu dadi seksi, sarta pangangen-angene padha genti ngluputake utawa gentimbenerake. 16Bab iku bakal tetela ing dinasamangsa Gusti Allah ngadili wewadinemanungsa lumantar Gusti Yesus Kristus, cocogkaro Injil kang dakwartakake.

Angger-anggering Toret lan tetak ikududu sumbering karahayone wong Yahudi

2:17-2917Nanging manawa kowe iku ngarani

awakmu dhewe wong Yahudi, sartangandelake marang angger-anggering Toret,apadene gumunggung mungguh ing GustiAllah, 18 sarta sumurup kang dadi karsane, lanmarga kawulang ing angger-anggering Toret,bisa sumurup endi kang becik sarta endi kangala, 19 lan yakin, yen kowe iku dadi panuntunewong wuta, sarta pepadhange wong kang ana

Page 652: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 2.20–28 8

ing pepeteng, 20kang nggulawenthah wongbodho, gurune wong kang durung diwasa;marga ana ing angger-anggering Toret iku,kowe kadunungan awak-awakaning kawruhsarta keyekten, 21banjur kapriye mungguhingkowe, kang mulang wong liya, apa koweora mulang awakmu dhewe? Kowe kangmulang: Aja nyolong, yagene kowe dhewekok nyolong? 22Kowe kang kandha: Ajalaku bedhang, yagene kowe dhewe kok lakubedhang? Kowe kang gething marang brahala,yagene kowe dhewe kok malah njarah rayahpapan brahala? 23Kowe kang gumunggungmungguhing angger-anggering Toret, yagenekowe kok malah nyenyamah Gusti Allahkalawan nerak angger-anggering Toret iku?24Kaya kang katulisan wiraose: “Iya margasaka kowe Asmane Gusti Allah dicecamah anaing antarane bangsa-bangsa liya.”25Tetak iku pancen ana paedahe, manawa

kowe temen-temen netepi angger-anggeringToret, nanging manawa kowe nerak angger-anggering Toret tetakmu iku tanpa guna.26Dadi manawa wong kang ora tetak netepiangger-anggering Toret, apa iku ora bakaldianggep padha karo wong kang wus tetak?27Yen mangkono, wong kang ora tetaknanging netepi angger-anggering Toret,iku bakal njeksani kowe kang nduweniangger-angger kang katulis lan tetak, nangingnerak angger-anggering Toret. 28Awit kangdiarani Yahudi iku dudu tata-laire, lan kangdiarani tetak uga dudu tetak ing tata-laire.

Page 653: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 2.29–3.7 929Nanging kang diarani wong Yahudi sajati ikuyaiku kang ora katon Yahudine, lan tetak kangsajati iku tetaking ati yaiku tetak rohani dudutata-laire. Lan iku oleh pangalem saka GustiAllah, ora saka manungsa.

Kaluwihane wong Yahudilan kasetyaning Allah

3:1-8

31Yen mangkono, apa ta kaluwihanewong Yahudi, lan apa ta paedahe tetak

iku? 2Akeh banget lan warna-warna, kangdhisik iki: Sabab wong mau padha dipitayanipangandikane Gusti Allah. 3Dadine kapriye,manawa ana ing antarane wong-wong mauana kang ora setya, apa bab anggone ora setyamau bisa njalari wurunging prasetyane GustiAllah? 4Babar pisan ora! Malah kosokbaline:Gusti Allah iku asipat bener, lan manungsakabeh padha dora cara, kaya kang katulisan,wiraose:“Supados Paduka kacihna manawi leres ing

sapangandika Paduka, saha Padukaunggula manawi dipun hakimi.”

5Nanging manawa duraka kita iku nelakakekabeneraning Allah, banjur apa kang bakalpadha kita kandhakake? Apa Gusti Allah padhakita anggep ora adil yen ta ngetingalakeanggone bendu? -- Calathuku iki caramanungsa. -- 6Mesthi bae ora! Yen mangkonokapriye Gusti Allah anggone arep ngadilijagad? 7Nanging manawa setya tuhune Gusti

Page 654: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 3.8–16 10

Allah iku marga saka gorohku malah sangsayacetha banget temah njalari kaluhurane,yagene aku kok isih diadili maneh padha kayawong dosa? 8Rak iya ora bener, ta, panacadewong kang kandha, yen kita padha duweujar mangkene: “Payo kita padha nglakonipanggawe ala supaya bisaa thukul kang beciksaka ing kono. Wong kang kaya mangkono ikuwis samesthine tampa paukuman.

Wong kabeh padha kawengku ing dosa

3:9-209Kang iku kapriye? Apa kita luwih onjo

katimbang karo wong liya? Babar pisan ora!Sabab ing ngarep rak wis kita dakwa, wongYahudi lan wong Yunani iku padha kawengkuing dosa kabeh, 10 iya kaya kang wus katulisan,wiraose:“Ora ana wong kang bener, siji bae ora ana.11Ora ana wong siji-sijia kang duwe budi,ora ana wong siji-sijia kang ngupaya Gusti

Allah.12Kabeh wong padha nyleweng,kabeh tanpa guna,ora ana kang gawe becik, siji bae ora ana.13Gurunge iku kaya kubur menga,ilate dianggo nyenyidrani,lambene ngemu wisa.14Cangkeme kebak pangipat-ipat.15Entheng sikile yen arep ngwutahake getih.16Karusakan lan kasrakatan ana ing

dedalane,

Page 655: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 3.17–25 1117 lan dalaning tentrem-rahayu ora

disumurupi;18padha ora duwe wedi asih marang Gusti

Allah.”19Nanging kita padha sumurup, yen kabehkang kamot ing kitab Toret iku katujokakemarang wong-wong kang kawengku ingangger-anggering Toret, supaya wong kabehpadha kabungkem cangkeme, lan sajagadkabeh iki kena kapatrapan ing paukumaneGusti Allah. 20Sabab siji bae ora ana wongkang kabenerake ana ing ngarsane Gusti Allahmarga saka anggone netepi angger-anggeringToret; awit malah iya marga saka angger-anggering Toret iku wong padha nyumurupidosa.

Manungsa iku kabenerakemarga saka pracaya

3:21-3121Balik ing saikine, tanpa angger-anggering

Toret, kaya kang kapratelakake ing kitabToret lan kitab-kitabe para nabi, kabeneraningAllah iku wus kalairake, 22yaiku kabeneraningAllah kang awit saka pracaya marang GustiYesus Kristus tumrap kabeh wong kangpadha pracaya, awit ora ana beda-bedane.23Marga kabeh wong wis padha gawe dosasarta koncatan ing kamulyaning Allah, 24 lanpadha kabenerake kanthi lelahanan awit sakasih-rahmate lumantar panebuse Sang KristusYesus. 25Panjenengane wus dipesthekake

Page 656: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 3.26–31 12

dening Gusti Allah dadi srananing karukunan,awit saka pracaya marang rahe. Bab ikikatindakake kagem ngatingalake kaadilane,sabab Panjenengane wus ngendelakedosa-dosa kang wus kapungkur ing wektukasabarane Gusti Allah. 26Karsane yaikukagem ngatingalake kaadilane ing jaman saiki,supaya tetelaa manawa Panjenengane ikubener, lan uga mbenerake wong kang pracayamarang Gusti Yesus.27Yen mangkono, apa dhasare gumunggung?

Ora ana. Banjur manut waton apa? Apawewaton panggawe? Ora, nanging wewatonpracaya. 28Marga kita yakin, yen manungsaiku anggone kabenerake awit saka pracaya,ora marga saka anggone netepi angger-anggering Toret. 29Karomaneh Gusti Allahiku apa mung dadi Gusti Allahe wong Yahudibae? Apa Panjenengane iku dudu Gusti Allahebangsa-bangsa liyane uga? Iya, Panjenenganeiya dadi Gusti Allahe bangsa-bangsa liyaneuga. 30Tegese, manawa Gusti Allah iku siji,kang bakal mbenerake wong kang padha tetakawit saka pracaya, lan wong kang padha oratetak iya awit saka pracaya.31Yen mangkono apa aku padha mbatalake

angger-anggering Toret awit saka pracaya?Babar pisan ora. Aku malah padha njejegake.

Page 657: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 4.1–9 13

Rama Abraham kabenerakeawit saka pracaya

4:1-25

41Kang iku apa kang bakal dakkandhakaketumrap Rama Abraham, leluhur kita

mungguh ing daging? 2Sabab yen RamaAbraham anggone kabenerake marga sakapandamele, panjenengane bisa gumunggung,nanging ora ana ing ngarsane Gusti Allah.3Sabab apa kang kapratelakake ing ayatingKitab Suci? “Rama Abraham banjur pracayamarang Gusti Allah, lan iya bab iku kangkaetang dadi kabeneran tumrap panjenenganedening Gusti Allah.” 4Dene wong kangnyambut-gawe iku, opahe ora kena kaetungganjaran, nanging hake. 5Yen wong kang oranyambut-gawe, nanging kumandel marangPanjenengane kang mbenerake wong duraka,kumandele iku kang kaetung dadi kabeneran.6Kayadene Sang Prabu Dawud iya mastanirahayu wong kang kaanggep bener deningGusti Allah ora wewaton ayahane:7 “Rahayu wong kang padha kaapura

panerake,lan kang kaaling-alingan dosa-dosane;8 rahayu wong kang kaluputane ora kaetang

dening Gusti Allah.”9Anggone mastani rahayu iku apa mung

tumuju marang wong kang tetak bae, apaiya marang kang padha ora tetak uga? Akurak wis tutur, mungguh kumandel iku tumrap

Page 658: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 4.10–16 14

Rama Abraham kaetang dadi kabenerane.10Dene anggone kaetang mangkono ikugenahe kapriye? Sadurunge apa sawise supit?Ora sawise supit, nanging sadurunge. 11Sartapratandha tetak iku ditampani minangkaecaping kabeneran awewaton pracayane ingsadurunge supit. Iya mangkono iku anggonepanjenengane banjur bisa dadi ramanepara wong pracaya kang ora tetak, supayakabeneran kaetunga tumrap wong-wongiku mau, 12 lan uga dadi ramane para wongtetakan, yaitu para wong kang ora mungpadha tetak bae, nanging uga padha nurutlabeting pitadose leluhur kita Rama Abraham,nalikane durung supit.13Sabab mungguhing prasetya kang

kaparingake marang Rama Abraham satedhak-turune yen bakal tampi warisan jagad,iku ora lumantar angger-anggering Toret,nanging lumantar kabeneran kang wewatonpracaya. 14Awit manawa wong-wong kangpangarep-arepe lumantar angger-anggeringToret padha melu tampa panduman kangkaprasetyakake Gusti Allah, pracaya ikubanjur dadi muspra lan prasetyane dadibatal. 15Amarga angger-anggering Toret ikunekakake bebendu, nanging ing ngendi oraana angger-anggering Toret, ing kono iya oraana panerak.16Mulane kabeneran iku adhedhasar pracaya

supaya mujudna sih-rahmat, satemahprasetya iku tumuju marang sakehe tedhak-turune Rama Abraham, ora ngamungake

Page 659: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 4.17–24 15

kang kawengku ing angger-anggering Toretbae, nanging uga kang padha kadununganpracayane Rama Abraham. Sabab RamaAbraham iku leluhur kita kabeh, -- 17 iyakaya kang katulisan, wiraose: “Sira iku wusSunpasthekake dadi bapakne bangsa akeh,”-- ana ing ngarsane Gusti Allah kang wusdiandelake, kang nguripake wong mati sartakang nyabdakake apa kang ora ana dadiana. 18Sabab sanadyan ora ana dhasaringpangarep-arep, ewasamono Rama Abrahamtansah kumandel kanthi pangajeng-ajeng,yen panjenengane bakal dadi ramanebangsa akeh, landhesan apa kang wusdipangandikakake: “Samono bakal cacahingturunira.” 19Lan pracayane ora dadi kendho,sanadyan ngraosake yen sarirane wus lungse,awit yuswane wis watara satus taun, sartamanawa Ibu Sara wus lungse ing wanci.20Ewasamono panjenengane tetep ngugemiprasetyane Gusti Allah, tanpa mangu-mangukang awit saka pamaido, nanging malahpanjenengane kasantosakake ing pracayane,sarta ngluhurake Gusti Allah, 21kanthi ingpangandel, manawa Gusti Allah mesthi kuwaosnindakake apa kang wus kaprasetyakake.22Mulane bab iki kaetang dadi kabenerane.23Tetembungan iki, yaiku “bab iki kaetangtumrap panjenengane”, iku anggone katulisora mung mligi kagem Rama Abraham bae,24nanging iya katulis kanggo kita uga; sababkita bakal kaetung kaya mangkono uga, awitkita padha pracaya ing Panjenengane kang

Page 660: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 4.25–5.7 16

wus mungokake Gusti Yesus, iya Gusti kita,saka ing antarane wong mati, 25yaiku GustiYesus kang wus kaulungake awit saka panerakkita, sarta kawungokake awit saka anggon kitapadha kabenerake.

undhuh-undhuhanewong kang kabenerake

5:1-11

51Mulane kita kang wus padha kabenerakeawit saka pracaya, kita padha urip kalawan

rukun karo Gusti Allah marga dening Gustikita, Gusti Yesus Kristus. 2Panjenenganeiku kang njalari kita padha oleh dalan kanganjog ing sih-rahmat marga saka pracaya.Ana ing sih-rahmat iki dumunung kita sartakita ngalembana sajroning pangarep-arepbakal tampa kamulyaning Allah. 3Lan orangamungake iku bae. Malah kita iya padhangalembana sajroning sangsara, awit kitapadha sumurup manawa sangsara iku njalarimantep, 4 lan mantep iku njalari tanggon,tanggon nukulake pangarep-arep. 5Denepangarep-arep iku mesthi ora bakal ngapirani,awit sihe Gusti Allah wus kaesokake ingati kita dening Sang Roh Suci, kang wuspinaringake marang kita. 6Awitdene ing nalikakita isih padha apes, ana ing wektu kangpinesthi dening Gusti Allah, Sang Kristuswus nglampahi seda kanggo kita para wongduraka. 7Ujer ora gampang wong kok banjurgelem mati nglabuhi wong bener -- ewadene

Page 661: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 5.8–14 17

bokmanawa kanggo wong utama, bisa ugaana wong kang wani mati. -- 8NangingGusti Allah wus ngatingalake sihe marangkita, awit Sang Kristus wus nglampahi sedakanggo kita, nalika kita isih padha kawengkuing dosa. 9Apamaneh saiki, kita wus padhakabenerake sarana rahe, wus mesthi bakalluput saka ing bebenduning Allah. 10Sabab,manawa ing nalikane kita isih padha dadisatru wus karukunake kalawan Gusti Allahdening sedane Kang Putra, mendahane manehsaiki sawise karukunake, mesthi kita bakalkapitulungan rahayu awit saka gesange. 11Lanora ngamungake mangkono bae, kita malahiya bakal padha ngalembana marang GustiAllah marga dening Gusti Yesus Kristus, Gustikita, kang dadi margane anggon kita wuspadha oleh pirukun iku.

Bapa Adam lan Sang Kristus

5:12-2112Mulane padha kaya tekane dosa ing jagad

jalaran saka wong siji, sarta tekane pati margasaka dosa mau, mangkono si pati iya wusnyrambahi marang wong kabeh, jalaran wongkabeh mau wus padha gawe dosa. 13Sababsadurunge ana angger-anggering Toret ingjagad wus ana dosa. Nanging dosa mau orakaetung manawa ora ana angger-anggeringToret. 14Sanadyan mangkono wiwit RamaAdam tumekane Nabi Musa, si pati wusmasesani uga marang kang padha gawe dosa,

Page 662: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 5.15–19 18

kang panerake ora madhani ing panerakeRama Adam, iya iku kang dadi gegambaranePanjenengane kang bakal rawuh. 15Nangingsih-rahmate Gusti Allah iku ora padha karopanerake Rama Adam. Sabab, manawapanerake wong siji njalari wong kabehpadha tumiba ing pangwasaning pati, luwihagung maneh sih-rahmate Gusti Allah sartapeparinge ganjaran kang ngluberi wongkabeh, kang marga saka wong siji, yaiku GustiYesus Kristus. 16Lan peparinge sih-rahmatiku ora timbang karo dosane wong siji. Awitkarampunganing pangadilan tumrap panerakewong siji iku nekakake paukuman, nangingpeparinge ganjaran sih-rahmat marga sakapanerak kang akeh iku nekakake karampungankang mbenerake. 17Sabab, yen marga sakapanerake wong siji, si pati wus masesamarga saka wong siji iku, mendahane manehwong kang wus padha nampani kaluberaningsih-rahmat sarta ganjaran kabeneran, mesthibakal urip lan masesa marga dening wong siji,yaiku Gusti Yesus Kristus.18Dadine padha kaya panerak siji nekakake

paukuman marang wong kabeh, mangkonouga tumindaking kabeneran siji, njalari wongkabeh padha kabenerake dadi lan uripe.19Dadi padha kaya pambangkange wong sijimau njalari wong kabeh dadi wong dosa,mangkono uga marga saka pambangun-turutewong siji kabeh wong banjur padha dadi wongkang bener.

Page 663: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 5.20–6.6 1920Nanging angger-anggering Toret tumuli

kawuwuhake, supaya panerak dadi saya akeh,dene ing ngendi kang dosane wuwuh akeh,ing kono sih-rahmat dadi saya luber, 21 supayapadha kaya si dosa wus nguwasani ing alampati, mangkono uga sih-rahmat iya bakalmasesa marga saka kabeneran kang njalariurip langgeng, marga dening Gusti YesusKristus, Gusti kita.

Mati lan tangi kalawan Sang Kristus

6:1-14

61Yen mangkono, apa ta sing bakal kitagunem? Apa kita kepareng padha ndlarung

ing sajroning dosa, supaya wuwuha gedhenesih-rahmat? 2Babar pisan ora! Kita rak wismati tumraping dosa, kapriye anggon kitaisih padha bisa urip ing sajroning dosa mau?3Apa kowe padha ora sumurup, yen kitakang wus padha kabaptis ana ing SangKristus, iku ateges wus padha kabaptis anaing sedane? 4Dadi kita wus padha ndherekkakubur kalawan Panjenengane, saranabaptis ing pati mau, supaya padha kayadeneSang Kristus wus kawungokake saka ingantarane wong mati dening kamulyaning SangRama, mangkono uga kita bakal urip ana ingsajroning urip kang anyar.5Sabab yen kita wus padha nunggal kalawan

apa kang padha karo sedane, kita iya bakalpadha nunggal kalawan apa kang padha karowungune. 6Amarga kita padha sumurup yen

Page 664: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 6.7–14 20

kamanungsan kita kang lawas iku wus ndhereksinalib, supaya awak kita dununging dosakita iki sirna panguwasane, lan kita padhaora ngawula marang dosa maneh. 7Sabab,sapa sing wis mati, iku wus luwar saka ingdosa. 8Dadi yen kita wus padha ndherekkalawan Sang Kristus kita padha pracaya yeniya bakal padha urip kalawan Panjenenganeuga. 9Amarga kita padha sumurup, yenSang Kristus sawuse kawungokake sakaing antarane wong mati, ora seda maneh:si pati wis ora nguwasani Panjenenganemaneh. 10Awit sedane iku, seda tumrap ingdosa, mung sapisan kanggo salawase; langesange iku gesang lumados marang GustiAllah. 11Samono uga anggonmu mawas iyamangkenea: kowe wus padha mati tumrapingdosa, nanging kowe padha urip lumadosmarang Gusti Allah ana ing Sang KristusYesus.12Mulane si dosa aja nganti nguwasani

badanu kang kena ing pati iku maneh, supayakowe aja nganti nuruti pepenginane maneh.13Sarta kowe aja masrahake gegelitaningbadanmu marang si dosa kanggo gegamaningduraka, nanging badanmu saosna marangGusti Allah, kaya wong kang maune mati,nanging saiki urip. Sarta gegelitaning badanmuiku saosna marang Gusti Allah, minangkagegamaning kabeneran. 14Sabab si dosa orabakal nguwasani kowe maneh, marga kowepadha ora kawengku ing angger-anggeringToret, nanging kawengku ing sih-rahmat.

Page 665: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 6.15–22 21

Bab pangawula rong warna

6:15-2315Tumuli kapriye? Apa kita banjur padha

nglakoni dosa marga ora kawengku ingangger-anggering Toret, ananging kawengkuing sih-rahmat? Babar pisan ora! 16Apa kowepadha ora sumurup, manawa masrahakeawakmu marang sawijining wong dadi abdikang mituhu iku, ateges kowe dadi baturewong iku, sing kudu kokpituhu, embuh ingbab dosa kang nggendeng kowe marang pati,embuh pamituhu kang nuntun kowe marangkabeneran? 17Nanging sokur marang GustiAllah! Ing maune kowe iku dadi bature si dosa,nanging ing saiki kanthi gumolonging atimukowe wus padha mituhu marang piwulangkang kaluntakake marang kowe. 18Kowewis padha kaluwaran saka ing dosa lan dadiabdining kabeneran. 19Bab iki dakpituturakecara manungsa awit saka karingkihanmu.Sabab kayadene kowe wus masrahakegegelitaning badanmu dadi baturing reregedlan duraka tumuju marang duraka, mangkonouga kowe saiki kudu masrahake gegelitaningbadanmu dadi abdining kabeneran kangtumuju ing kasucen.20Sabab nalika kowe padha dadi kawulaning

dosa, kowe padha ora kawengku ingkabeneran. 21Lan apa oleh-olehanmu? Kabehiku njalari kowe saiki banjur padha rumangsaisin amarga wekasane iku pati. 22Nanging

Page 666: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 6.23–7.4 22

saiki bareng kowe wus padha kauwalake sakaing dosa lan bareng kowe wus padha dadiabdining Allah, kowe padha ngundhuh wohkang nuntun kowe marang kasucen sartawekasane iku urip kang langgeng. 23Awitpituwase dosa iku pati, balik sih-peparingeGusti Allah iku urip langgeng ana ing SangKristus Yesus, Gusti kita.

Bab angger-anggering Toret

7:1-12

71Para sadulur, apa kowe padha orasumurup, -- awit aku pitutur marang kang

padha paham ing bab angger-angger, -- yenta angger-angger iku anggone mengku wonging sajege urip? 2Sabab wong wadon ikukecencang ing angger-angger marang singlanang, sasuwene sing lanang iku isih urip,nanging manawa sing lanang wis mati, wongwadon mau uwal saka ing angger-anggerkang nancang mau. 3Dadi yen gelem diepekbojo wong lanang liyane sajrone kang lanangisih urip, wong wadon mau diarani lakubedhang. Nanging manawa kang lanangwus mati, wong wadon mau wus uwal sakaangger-angger, satemah manawa diepek bojowong lanang liya, ora diarani laku bedhang.4Yen mangkono, para sadulurku, kowe iyawis padha mati tumrap ing angger-anggeringToret, jalaran saka sarirane Sang Kristus,supaya kowe dadia kagunganing liyan,yaiku kagungane Panjenengane, kang wus

Page 667: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 7.5–12 23

kawungokake saka ing antarane wong mati,amrih kita padha metokna woh, sumaoskagem Gusti Allah. 5Awit nalika kita isih padhaurip ana ing daging, hawa-nepsuning dosakang kagugah dening angger-anggering Toret,iku ndayani ana ing gegelitaning badan kita,satemah kita padha metokake woh kanggo sipati, 6ananging saiki kita wus kauwalake sakaing angger-anggering Toret, awit kita wuspadha mati tumrap kang maune ngunjara kita,satemah saiki kita leladi ana ing kaanan kanganyar, manut ing Roh, ora ana ing kaananlawas manut ing sastrane angger-anggeringToret.7Yen mangkono apa sing arep kita gunem?

Angger-anggering Toret iku apa dosa? Babarpisan ora! Malah marga saka angger-anggeringToret iku aku nyumurupi dosa. Aku mangsangretia bab kamelikan yen angger-anggeringToret ora dhawuh: “Sira aja melik!” 8Nangingmarga saka pepakon mau, dosa oleh jalarankanggo nenangi sarupaning kamelikan anaing aku, sabab tanpa angger-anggering Toret,dosa iku mati. 9 Ing maune aku iki urip tanpaangger-anggering Toret, nanging satekanepepakon mau, dosa wiwit urip, 10balik akumati. Sarta pepakon kang mesthine nuntunmarang urip, nanging tumraping aku malahdadi jalaraning pati. 11Awit saka ananingpepakon iku, dosa oleh jalaran nasarake aku,lan marga saka pepakon iku mau si dosamateni aku. 12Dadi angger-anggering Toret

Page 668: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 7.13–20 24

iku suci, lan pepakon iku iya suci, bener lanbecik.

Perange angger-anggering Toret lan dosa

7:13-25 (7:13-26)13Yen mangkono, apa bab kang becik iku dadi

jalaraning patiku? Babar pisan ora! Nangingamrih tetelaa yen iku mau si dosa, dosa ikumigunakake bab kang becik kanggo nekakakepatiku, satemah marga saka pepakon mau,banjur saya luwih cetha maneh wujudesi dosa. 14Sabab kita sumurup, manawaangger-anggering Toret iku awatak kasukman,nanging aku iki awatak kadagingan, kaedoldadi budhake si dosa. 15Sabab apa bae kangdaklakoni iku, aku dhewe ora sumurup. Ujerapa kang daklakoni iku mau dudu bab kangdakkarepake; nanging apa kang daksengiti, ikukang daklakoni. 16Dadi manawa aku nglakonibab kang ora dakkarepake iku, ateges akungakoni yen angger-anggering Toret iku becik.17Manawa mangkono dudu aku maneh kangnglakoni, ananging si dosa kang dumunungana ing atiku. 18Sabab aku sumurup, yen akuiki, yaiku dagingku, ora kadunungan bab kangbecik. Sabab karep iku pancen ana ing aku,nanging dudu bab nglakoni apa kang becik.19Sabab kang daklakoni iku dudu bab kangdakkarepake, yaiku bab kang becik, nangingkang daklakoni iku bab kang ala, dudu kangdakkarepake. 20Dadi yen aku nglakoni babkang ora dakkarepake, ateges wis dudu aku

Page 669: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 7.21–8.3 25

maneh kang nglakoni, nanging si dosa kangdumunung ana ing aku.21Kang iku, aku nemu wewaton mangkene:

Manawa aku kepengin nindakake kang becik,kang ala wis cumawis ana ing aku. 22Sababsajroning batinku, aku seneng marang angger-anggere Gusti Allah, 23nanging gegelitaningbadanku kadunungan angger-angger liya kangnarungi angger-anggering akal-budiku, sartanjalari aku dadi tawananing angger-anggeredosa kang dedunung ana ing gegelitaningbadanku. 24Wong cilaka aku iki! Sapa kangbakal ngluwari aku saka badan reh-rehane patiiki? 25Aku ngucap sokur marang Gusti Allah,iku marga dening Gusti Yesus Kristus, Gustikita. (7-26) Dadi kalawan akal-budiku, akungawula marang angger-anggere Gusti Allah,nanging kalawan daging ngawula marangangger-anggere si dosa.

Urip kang katuntun ing Sang Roh

8:1-17

81Kang iku saiki wis ora ana paukumanmaneh tumrap wong kang padha ana

ing Sang Kristus Yesus. 2Sang Roh, kangparing urip, wus ngluwari kowe kabeh ana ingSang Kristus, saka angger-anggering dosalan angger-anggering pati. 3Awit bab kangora bisa ditindakake dening angger-anggeringToret awit saka apese marga dening daging,wus katindakake dening Gusti Allah saranangutus Kang Putra piyambak ana ing daging,

Page 670: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 8.4–11 26

nyami warni kaya daging kadosan awit sakadosa. Panjenengane wus matrapi paukumantumrap dosa ana ing daging, 4 supaya ukumeangger-angger katetepana ana ing kita, kangpadha ora lumaku nuruti daging, nangingmanut marang Sang Roh. 5Sabab wongkang uripe kawengku ing daging, iku padhangangen-angen kang mungguh ing daging;nanging wong kang uripe manut ing SangRoh, pangangen-angene miturut Sang Roh.6Awitdene pangangen-angene daging iku pati,balik pangangen-angene Sang Roh iku uriplan tentrem-rahayu. 7Sabab pepenginaningdaging iku nyatru marang Gusti Allah, awit orasumuyud marang angger-anggere Gusti Allah,amarga pancen iya ora bisa. 8Wong kang uripekawengku ing daging iku ora bisa ndadekakekeparenge Gusti Allah.9Balik kowe iku padha ora kawengku ing

daging, nanging padha ana ing Sang Roh,semono iku manawa Rohing Allah pancendedalem ana ing kowe. Nanging sing sapaora kadunungan Rohe Sang Kristus, iku dudukagungane Sang Kristus. 10Nanging manawaSang Kristus dedalem ana ing kowe, sanadyanraga iku mati marga saka dosa, nanging sukmaiku urip awit saka kabeneran. 11Lan manawaRohe kang wus mungokake Gusti Yesus sakaing antarane wong mati iku dedalem ana ingkowe, dadine kang wus mungokake SangKristus Yesus saka ing antarane wong mati ikuiya bakal nguripake badanmu kang kena ing

Page 671: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 8.12–18 27

pati iku, lumantar Sang Roh kang dedalemana ing kowe.12Mulane para sadulur, kita iki padha

kapotangan, nanging ora marang dagingsupaya urip nuruti daging. 13Sabab yenuripmu nuruti daging, kowe mesthi padhamati; nanging yen kowe mateni hawaningraga marga dening Roh, kowe bakal padhaurip. 14Kabeh wong kang katuntun deningRohe Gusti Allah, iku dadi putrane GustiAllah. 15Awit kowe padha ora nampani rohingpangawulan kang njalari kowe dadi wedimaneh, nanging kowe wis padha nampaniSang Roh kang njalari kowe dadi putraneGusti Allah. Marga saka Roh iku kita banjurpadha nyebut: “Abba, Rama!” 16Sang Roh ikuanekseni bebarengan karo roh kita, yen kitaiku para putrane Gusti Allah. 17Dene manawakita iki dadi putra, dadi iya ahli waris, tegesewong kang padha nduweni wewenang nampaniprasetyane Gusti Allah, kang bakal nampaniiku bebarengan karo Sang Kristus, yaikuyen pancen kita padha ndherek nandhangsangsara, supaya iya ndhereka kamulyakakekalawan Panjenengane.

Bab pangarep-arepe para putraning Allah

8:18-3018Sabab aku yakin, yen sangsara ing jaman

saiki iku ora paja-paja timbang yen katandhingkaro kamulyan kang bakal kalairake marangkita.

Page 672: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 8.19–26 2819Sabab kanthi cecengklungen sakehing

tumitah anggone padha nganti-anti marangwektu kababare para putrane Gusti Allah.20Awit sakehing tumitah wus katelukakemarang kaapesan, ora saka karepe dhewe,nanging marga saka karsane Panjenenganekang nelukake, 21ananging sajroningpangarep-arep, marga kang tumitah ikudhewe uga bakal kaluwaran saka ingpangawulaning karusakan, lan lumebu maranging kamardikaning kamulyane para putraneGusti Allah. 22Sabab kita padha sumurup,yen nganti saprene sakehing tumitah iku iyapadha sesambat lan iya padha ngrasakakelarane wong nglarani arep nglairake jabangbayi. 23Lan ora ngamungake iku bae, dalasankita dhewe kang wus kaparingan Sang Rohminangka ganjaran wiwitan, uga padhasesambat sajroning ati kalawan nganti-antimarang kaputran, yaiku pangluwaraningbadan kita. 24Sabab kita padha kapitulunganrahayu ana ing pangarep-arep. Nangingpangarep-arep kang kasat mripat iku dudupangarep-arep maneh, marga kapriye bisaneisih ngarep-arep tumrap barang kang wiskaton? 25Nanging manawa kita ngarep-arepmarang apa kang ora kita deleng, dadi anggonkita padha ngarep-arep iku kalawan sabarmantep.26Mangkono uga Sang Roh iya mbiyantu

kita ing sajroning kaapesan kita; awit kitapadha ora sumurup apa kang sabenere kitasuwun ana ing pandonga; nanging Sang

Page 673: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 8.27–33 29

Roh piyambak kang ndedonga kanggo kitamarang Gusti Allah, kanthi pasambat kangora kena winirasa. 27Sarta Gusti Allah kangnitipriksa sajroning ati, mirsa karsane SangRoh yaiku manawa anggone ndedonga kanggopara suci nyondhongi karsane Gusti Allah.28Saiki kita padha sumurup, yen Gusti Allahuga makarya ana ing samubarang kabeh,njalari becike wong kang padha tresna marangPanjenengane, yaiku para kang tinimbalanmiturut ing pepesthening Allah. 29Margakabeh wong kang wus kapilih wiwit ing sakawitdening Panjenengane, iku iya katamtokakewiwit ing sakawit dadi madha rupa citraneKang Putra, supaya Kang Putra iku dadipembayun ana ing antarane sadulur akeh.30Sarta wong kang padha katamtokake wiwiting sakawit iku iya padha katimbalan. Lankang wus padha ditimbali, iku iya padhakabenerake. Apadene kang wus kabenerake,iku iya padha dimulyakake.

Bab katamtuaning pracaya

8:31-3931Kang iku apa kang bakal kita gunem

tumrap kabeh mau? Manawa Gusti Allah anaing pihak kita, sapa kang bakal nglawan kita?32Kang ora ngeman Kang Putra piyambak,nanging malah nganti dipasrahake kanggokita kabeh, apa iya kalakon ora maringakesamubarang kabeh marang kita bareng lanPanjenengane? 33Sapa kang bakal nggugat

Page 674: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 8.34–39 30

para pepilihane Gusti Allah? Apa Gusti Allahkang mbenerake wong-wong mau? Sapakang bakal matrapi paukuman? 34Apa SangKristus Yesus kang wus seda? Malah luwihsaka iku, apa kang wus kawungokake, kanglenggah ana ing satengene Gusti Allah, kangmalah dadi pangemban kita? 35Sapa kangbakal megatake kita saka ing sihe SangKristus? Apa panganiaya, apa rupeking ati,apa panguya-uya, apa kaluwen, apa kawudan,apa bebaya, apa pedhang? 36Kaya kang wuskatulisan:“Margi saking Paduka, kawula sami wonten

ing salebeting bebaya pejah sadintenmuput,

kawula sami kaanggep kados mendasembelehan.”

37Nanging mungguhing bab iku mau kabeh,kita padha ngungkuli wong kang padhamenang, jalaran saka Panjenengane kangwus ngasihi kita. 38Sabab aku mesthekake,sanadyan pati utawa urip, para malaekat apapara panguwasa, kang saiki ana utawa kangbakal ana, 39apa para panguwasa kang anaing dhuwur utawa ing ngisor, lan sadhengahtitah liyane, ora bakal bisa megatake kita sakaing sihe Gusti Allah, kang ana ing Sang KristusYesus, Gusti kita.

Page 675: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 9.1–9 31

Prasetyane Gusti Allah iku mesthi kalakon

9:1-29

91Kandhaku iki temen-temen ana ing SangKristus, aku ora goroh. Sabab osiking

atiku melu nekseni marga dening SangRoh Suci, 2manawa aku nandhang prihatinbanget, lan tansah sedhih. 3Awit aku iki iyasaguh kena ing ipat-ipat, sarta kapegat sakaSang Kristus marga saka para sadulurku,golonganing bangsaku mungguhing daging.4Sabab iku kabeh padha wong Israel kangwus kaangkat dadi putra lan wis kaparingankamulyan tuwin prajanjian-prajanjian sartaangger-anggering Toret, apadene sarengat lanprasetya-prasetya. 5Kang padha dadi tedhakturune para rama leluhur, kang nurunakeSang Kristus mungguh ing daging, kangngungkuli samubarang kabeh. Panjenenganeiku Gusti Allah kang kudu pinuji-puji ingsalawas-lawase. Amin.6Ewadene pangandikane Gusti Allah iku

mokal yen wurunga. Awit ora saben traheIsrael iku wong Israel, 7 lan iya ora kabehkang kagolong turune Rama Abraham ikutedhake Rama Abraham, nanging: “Kang asalesaka Iskak iku kang bakal kasebut turunira.”8Tegese: Dudu para anak kang miturut ingdaging kang dadi para putrane Gusti Allah,nanging para anak prasetyan kang kaetangdadi turun kang sah. 9Sabab pangandikaiku isi prasetya mangkene: “Ing watara

Page 676: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 9.10–18 32

pendhak mangsa iki Ingsun bakal rawuh, sartaSarah bakal duwe anak lanang.” 10Malah orangamungake iku bae. Luwih cetha maneh IbuRibkah kang mbobot kembar saka priya siji,yaiku Rama Iskak, rama leluhur kita. 11Sababnalika bayi-bayi mau durung padha lair, landurung nglakoni panggawe becik utawa ala, --supaya rancangane Gusti Allah bab pamilihetetepa, ora adhedhasar ayahan nangingadhedhasar timbalane, -- 12dipangandikakakemarang Ribkah, mangkene:“Sing tuwa bakal ngawula marang sing

enom,”13 iya kaya kang katulisan, wiraose:“Yakub Sunkasihi, nanging Esau Sunsengiti.”

14Yen mangkono, apa kang bakal kita gunem?Apa Gusti Allah ora adil? Mokal! 15SababPanjenengane wus ngandika marang NabiMusa, mangkene: “Ingsun bakal melasimarang sapa bae kang SunkarsakakeSunwelasi, sarta Ingsun bakal paringsih-kamirahan marang sapa bae kangSunkarsakake Sunparingi sih-kamirahan.”16Dadi bab iku ora gumantung marangkareping wong utawa reka-dayaning wong,nanging gumantung marang sih-kamirahaneGusti Allah. 17Marga ing Kitab Suci anapangandika marang Sang Prabu Pringon,mangkene: “Yaiku sababe anggoningSunngadegake sira, yaiku supaya Ingsun bisangatingalake panguwaosingSun ana ing sira,sarta AsmaningSun supaya kasuwurna ingsalumahing bumi.” 18Dadi Panjenengane

Page 677: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 9.19–25 33

maringi sih-piwelas marang sapa bae kangdikarsakake, lan Panjenengane mangkotakemarang sapa bae kang dikarsakake.19Saiki kowe arep padha tutur marang aku:

“Yen mangkono, apa maneh kang kaanggepluput dening Panjenengane? Sabab sapakang bisa nglawan karsane?” 20Nanging,heh manungsa, kowe iku sapa ta, dene kokmadoni marang Gusti Allah? Apa iya bisa,ta, barang gegawean calathu marang kanggawe mangkene: “Yagene dene anggonmugawe aku kok kaya mangkene?” 21Apa kundhiiku ora duwe wewenang tumrap lempunge;prongkolan kang padha, salong kagawebarang kang mulya, salong kagawe barangliyane kang lumrah? 22Lan kapriye saupamakagem ngatingalake bebendu lan nedahakepanguwaose, Gusti Allah paring kasabarankang gedhe marang para kang minangkawadhahing bebendu, kang wus kacadhangakemarang karusakan, 23mangka iku malahkagem ngatingalake anggone sugih kamulyanmarang para kang minangka wadhahingsih-piwelase, kang wis cinadhangake marangkamulyan? 24Yaiku kita kang wus padhakatimbalan, ora mung saka ing antaranewong Yahudi bae, nanging uga saka ingantarane bangsa-bangsa liya, 25kaya kangwus dipangandikakake uga ana ing kitabe NabiHosea, wiraose:“Kang dudu umatingSun bakal Sunsebut

umatingSun,

Page 678: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 9.26–31 34

lan kang dudu kekasih, iku Sunsebutkekasih.”

26Lan ing panggonan kang wong-wongedipangandikani:“Sira iku dudu umatingSun,”ing kono wong-wong mau bakal

dipangandikani:“Para Putrane Gusti Allah kang sipat gesang.”

27Lan Nabi Yesaya nguwuh ing ngatase bangsaIsrael, mangkene: “Sanadyan Banisrael ikucacahe kaya wedhine sagara, nanging mungkekarene bae kang bakal pinaringan rahayu.28Sabab apa kang wus dipangandikakake,bakal tumuli katindakake dening Pangeran anaing bumi, kalawan sampurna.” 29Karodenekaya kang kawecakake dening Nabi Yesaya ingsadurunge mangkene:“Saupama Gusti Allah kang murbeng dumadiora ngarekake turun marang kita,kita wus dadi kaya Sodomlan padha kaya Gomora.”

Karahayone bangsa-bangsa liyalan pamblasare bangsa Israel

9:30--10:330Yen mangkono, apa kang bakal kita

gunem? Iki: Bangsa-bangsa liya kang padhaora ngupaya kabeneran, wus padha olehkabeneran, yaiku kabeneran kang awit sakapracaya. 31Nanging: Bangsa Israel sanadyanngupaya angger-angger kang bakal nekakakekabeneran, ora nganti nyandhak marang

Page 679: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 9.32–10.6 35

angger-angger mau. 32Yagene kok ora?Sabab bangsa Israel anggone ngupaya oramarga saka pracaya, nanging marga sakapanggawe, marga padha kasandhung ingwatu sesandhungan, 33kaya kang katulisan,wiraose:“Lah ing Sion Sundokoki watu tetanggoran

tuwin watu sesandhungan, lan:Sapa kang pracaya marang iku, ora bakal

kawirangan.”

101Para sadulur, kang dadi pepenginaningatiku lan pandongaku marang

Pangeran, wong-wong mau muga padhakapitulungana rahayu. 2Amarga aku nekseni,yen pancen padha taberi banget anggonengabekti marang Gusti Allah, nanging tanpapangreten kang bener. 3Sabab, padha orawanuh marang kabeneraning Allah sartangarah ngadegake kabenerane dhewe, mulanepadha ora sumuyud marang kabeneran kangsaka Gusti Allah.

Kabeneran awit saka pracaya

10:4-154Sabab Sang Kristus iku kang wus mungkasi

angger-anggering Toret, satemah sabenwong kang pracaya banjur oleh kabeneran.5Sabab Nabi Musa nyerat bab kabenerankang marga saka ing angger-anggering Toretiku mangkene: “Sapa kang nglakoni prakaraiku, bakal urip marga saka iku.” 6Nangingkabeneran kang awit saka pracaya iku,

Page 680: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 10.7–14 36

wewarahe mangkene: “Aja ana osiking atimu:Sapa ta kang bakal sumengka menyang ingswarga?” yaiku prelu ngaturi Gusti Yesustumedhak, 7utawa: “Sapa ta kang bakalmudhun menyang telenganing pati?” yaiku:prelu nginggahake Sang Kristus saka ingantarane wong mati. 8Nanging kapriyewewarahe? Mangkene:“Pangandika iku cedhak karo kowe,ana ing tutukmu lan ana ing atimu.”

Yaiku pangandika bab pracaya, kangdakwartakake. 9Sabab, manawa saranatutukmu kowe ngakoni yen Gusti Yesus ikuGusti, lan atimu pracaya yen Gusti Allah wusmungokake Panjenengane saka ing antaranewong mati, kowe bakal kapitulungan rahayu.10Sabab, kalawan ati wong iku anggonepracaya sarta kabenerake, lan kalawantutuk wong anggone ngakoni pracaya, sartakapitulungan rahayu. 11Awit Kitab Sucingandika mangkene: “Sapa kang pracayamarang Panjenengane, ora bakal kawirangan.”12Sabab wong Yahudi lan wong Yunani ikuora ana bedane. Ujer Gusti Allah mungsiji, kang dadi Gustine wong kabeh, sartaluber kadarmane marang sadhengah wongkang padha nyebut marang Panjenengane.13Awitdene sapa kang nyebut AsmaningPangeran bakal kapitulungan rahayu.14Nanging kapriye anggone padha bisa

nyebut marang Panjenengane? Kapriyeanggone padha pracaya ing Panjenengane,yen padha ora krungu bab Panjenengane?

Page 681: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 10.15–20 37

Kapriye anggone padha krungu babPanjenengane manawa ora ana kang martani?15Lan kapriye anggone padha bisa awehpawarta bab Panjenengane, manawa padhaora kautus? Kaya kang katulisan, wiraose:“Iba anggone nyenengake tekane wong kangpadha nggawa pawarta becik.”

Bab bangsa Israel anggone ora pracaya

10:16-2116Ananging ora kabeh wong padha nampani

pawarta becik iku mau. Sabab Nabi Yesayamunjuk mangkene: “Dhuh Pangeran, sinteningkang pitados dhateng punapa ingkang samikawula wartosaken?” 17Dadine pracaya ikuthukule awit saka pangrungu, sarta pangrunguiku marga saka pangandikane Sang Kristus.18Ananging aku takon: Apa padha ora krungu?Sajatine wus padha krungu:“Swarane wus nyrambahi ing salumahing

bumi,Sarta tembunge wis tekan ing tapel watesing

jagad.”19Nanging aku takon maneh: Apa kiranebangsa Israel ora mangreti? Kang dhisik anapangandikane Nabi Musa mangkene:“Ingsun bakal nenangi kumerenira marang

kang dudu umat,sarta nenangi nepsunira marang bangsa

kang bodho.”20Lan kalawan kendel Nabi Yesaya ngandika:

Page 682: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 10.21–11.6 38

“Ingsun wus ditemu dening wong kangpadha ora ngupaya Ingsun.

Ingsun wus ngatingal marang wong-wongkang ora nakokake Ingsun.”

21Balik tumrap bangsa Israel pangandikanemangkene: “Sadina muput anggoningSunngegarake astaningSun marang bangsa kangora mbangun-turut sarta madoni.”

Kekarene bangsa Israel

11:1-10

111Kang iku aku takon: Apa kirane GustiAllah wus nampik umate? Babar pisan

ora! Awit aku dhewe iya wong Israel traheRama Abraham, saka taler Benyamin. 2GustiAllah ora nampik umate kang dipilih. Apakowe padha ora sumurup, apa kang wusdipangandikakake ing Kitab Suci bab NabiElia, nalika nggugat bangsa Israel ana ingngarsane Gusti Allah: 3 “Dhuh Pangeran,para nabi Paduka sampun sami dipun pejahi,misbyah-misbyah Paduka sampun dipunrisaki, namung kawula piyambak ingkangtaksih gesang, mangka tiyang-tiyang samingangkah pejah kawula.” 4Nanging kapriyepangandikane Gusti Allah marang Nabi Eliamau? Mangkene: “Ingsun isih ngengehakewong pitung ewu kagem Ingsun, kang ora tausujud nyembah marang Baal.” 5Mangkono ugaing wektu saiki, iya ana kekaren, awewatonpamilihe sih-rahmat. 6Nanging manawa babiku kalakone awit saka sih-rahmat, dadine wis

Page 683: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 11.7–12 39

ora marga saka panggawe maneh, sabab yenora mangkono, kang diarani sih-rahmat iku wisdudu sih-rahmat maneh. 7Kang iku kapriye?Israel ora bisa nggayuh apa kang diupaya,nanging kang nampani iku para wong kangpinilih. Dene liyane padha mangkotake atine,8kaya kang katulisan, wiraose:“Gusti Allah ndadosake wong-wong mau

padha turu kepati,maringi mripat kang ora kanggo ndeleng,lan kuping kang ora kanggo ngrungokake,nganti tumeka ign dina iki.”

9Sarta Sang Prabu Dawud munjuk:“Pakembulanipun dadosa kalajiret saha

jaring,tuwin sesandhungan,punapadene piwales tumrap tiyang-tiyang

punika.10Saha mripatipun sami kadamela peteng,satemah sami boten ningali,

Bangsa Israel kasandhung,bangsa-bangsa liya padha rahayu

11:11-2411Kang iku aku takon: Apa wong mau

anggone padha kasandhung iku supaya tiba?Babar pisan ora! Nanging awit saka panerake,karahayon banjur tumiba marang bangsa-bangsa liya, supaya padha thukul kumerene.12Awit manawa panerak mau njalarikasugihaning jagad, lan kakurangane dadi

Page 684: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 11.13–21 40

kasugihane bangsa-bangsa liya mendahanemaneh mungguh ing kasampurnane.13Aku pitutur marang kowe, heh para bangsa

saliyane bangsa Yahudi. Iya marga aku ikidadi rasule para bangsa saliyane bangsaYahudi, aku nganggep yen bab iki dadikamulyaning pangabdiku, 14yaiku bokmanawaaku bisa nenangi rasa kumeren sajroningbatine para kadangku tunggal bangsamiturut daging, sarta bisa mitulungi rahayumarang panunggalane sawatara. 15Sababyen panampike iku ateges pirukun tumraping jagad, wong-wong iku anggone nampaniapa ora ateges kauripan saka ing antaranewong mati? 16Manawa panenan wiwitaniku suci, jladrene iya suci kabeh, lan yenoyode suci, pang-pange iya suci. 17Mulane,manawa pang-pange wus ana sawatara kangdikethoki, lan kowe kang dadi thukulan alassing ditancebake ana ing antarane, temahanmelu oleh panduman saka oyode wit jaitunkang kebak tlutuh iku, 18kowe aja padhagumunggung marang pang-pang iku! Manawagumunggung dieling, yen dudu kowe kangnyangga oyod iku, nanging oyod iku kangnyangga kowe. 19Bisa uga kowe bakal calathu:Mulane ana pang kang padha dikethoki, ikusupaya aku ditancebake ana ing antaraneminangka thukulan. 20 Iya bener! Anggonepadha dikethoki iku, awit saka anggoneora pracaya, lan kowe anggonmu tetep ikumarga saka pracaya. Kowe aja kumlungkung,aluwung wedia! 21Sabab, manawa Gusti

Page 685: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 11.22–26 41

Allah ora ngeman marang pangpang kangasli, iya ora bakal ngeman marang koweuga. 22Mulane waspadakna sih-kamirahaneGusti Allah, sarta kekerasane uga, yaikukekerasane tumrap wong kang wis padha tiba,nanging kamirahane tumrap kowe, samonoiku manawa kowe tetep ana ing kamirahane,manawa ora, kowe iya bakal padha kapagasuga. 23Nanging mungguh pang kang wis padhakapagas mau, yen ora ngantepi anggone orapracaya bakal katancebake maneh, jalaranGusti Allah kagungan panguwasa nancebakemaneh. 24Sabab manawa kowe wis padhakakethok saka ing wit jaitun alas lan cengkahkaro dhasarmu kowe padha katancebakeing wit jaitun sajati, mendahane manehpangpang kang tunggal dhasar, mesthi bakalkatancebake ing wit jaitun asline dhewe.

Anggone Israel kapitulungan rahayu

11:25-3625Awitdene para sadulur, supaya kowe aja

padha nganggep pinter awakmu dhewe,karepku kowe padha nyumurupana wewadi iki:Bangsa Israel iku salong padha mangkotakeatine nganti lumebune bangsa-bangsa liyanesaganepe. 26Kalawan patrap mangkonobangsa Israel bakal kapitulungan rahayukabeh, kaya kang katulisan, wiraose:“Saka ing Sion bakal rawuhe Sang Juru

Panebus,

Page 686: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 11.27–34 42

Panjenengane bakal nyingkirake sakehingpamblasare Yakub.

27Lan iki kang dadi prajanjianingSun kalawanwong-wong iku, samangsa Ingsunmbirat dosane.”

28Manut Injil, wong-wong iku padha dadisatrune Gusti Allah marga saka kowe,ananging manut ing pilihan, wong-wongiku padha dadi kekasihe Gusti Allah awitsaka para leluhur. 29Sabab Gusti Allah orakagungan raos kaduwung tumrap peparingesih-rahmat sarta timbalane. 30Sabab iyapadha kaya kowe ing maune, anggonmupadha ora mbangun-miturut marang GustiAllah, nanging saiki wis oleh sih-piwelasmarga saka anggone ora mbangun-miturutwong-wong iku, 31mangkono uga wong ikusaiki iya padha ora mbangun-miturut, supayaawit saka sih-piwelas kang wus kaparingakemarang kowe iku, wong mau iya bakal padhaoleh sih-piwelas. 32Sabab wong-wong mauwus padha kakurung dening Gusti Allah kabehana ing kaanan ora mbangun-miturut, supayaPanjenengane saged ngetingalake sih-piwelasemarang wong kabeh mau.33Wah, saiba agunging kasugihan,

kawicaksanan sarta kawaskithane Gusti Allah!Kabeh putusane pranyata ora kena jinajagan,sarta kabeh tindake ora kena katlusur.34Ujer sapa ta kang nyumurupi panggalihane

Pangeran?Utawa, sapa ta kang wis tau dadi juru

pirembuge?

Page 687: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 11.35–12.3 4335Utawa, sapa ta kang wis tau misungsung

apa-apa marang Panjenengane,temahan banjur kaparingan leliru?

36Awitdene anane samubarang kabehiku saka ing Panjenengane, lanmarga dening Panjenengane, sartalumadi marang Panjenengane:Kamulyan kagema ing Panjenenganesalawas-lawase!

Kurban kang satuhu

12:1-8

121Kang iku para sadulur, marga sakasih-kamirahane Gusti Allah, aku pitutur

marang kowe, padha nyaosna badanmuminangka kurban kang urip lan suci, sartakang dadi keparenge Gusti Allah: yaikupangibadahmu kang sajati. 2Lan kowe ajamadha rupa kaya jagad iki, nanging padhasalina marga saka budimu kaanyarake,satemah kowe bisa niteni apa kang dadikarsane Gusti Allah, apa kang becik, kangndadekake keparenge Gusti Allah lan kangsampurna.3Adhedhasar sih-rahmat kang kaparingake

marang aku, aku pitutur marang sabenwong ing antaramu: Kowe aja nganti mikirprakara-prakara kang ngluwihi kang prayogakokpikir, nanging anggonmu mikir kudu kanthiduga-prayoga, satemah kowe padha bisangereh badanmu miturut ukuraning pracaya,kang kaparingake dening Gusti Allah marang

Page 688: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 12.4–13 44

kowe dhewe-dhewe. 4Sabab padha kaya kita,badan siji nduweni gegelitan akeh, nanginggegelitan mau ayahane ora padha, 5mangkonokita iki, sanadyan akeh, padha dadi badansiji ana ing Sang Kristus; ananging kita ikikang siji padha dene dadi gegelitane sijine.6 Iya mangkono iku, dadi kita iki padha duweganjaran beda-beda, miturut sih-rahmat kangkaparingake marang kita: manawa ganjaranmau kanggo medhar wangsit prayoga anggonkita nindakake laras karo iman kita. 7Yenganjaran mau kanggo leladi, iya padha leladia;manawa ganjaran memulang, iya padhamemulanga; 8yen ganjaran mau kanggomituturi, iya padha mituturana. Sapa kangngedum apa-apa, anggone nindakake akanthiaati kang eklas; sapa kang mimpin, iya kangkanthi taberi: sing sapa olah kawelasan, iyanindakna kanthi bungah.

Pangatag-atag marang olah katresnan

12:9-219Tresna iku ditanpa lamis! Padha gethinga

ing piala sarta nglakonana panggawebecik. 10Kowe padha tresna-tinresnananadikaya sadulur, lan dadia tuladha ing babajen-ingajenan. 11Anggonmu taberi aja ngantikendho, padha dibanter ing roh, lan padhaleladia marang Gusti. 12Padha bungahasajroning pangarep-arep, disabar sajroningkarupekan, dimantep anggonmu ndedonga!13Padha mitulungana ing kekuranganing

Page 689: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 12.14–13.2 45

para suci, sarta padha merlokna awehpamondhokan! 14Wong kang nguya-uya kowe,pujekna becik, lan aja koksupatani. 15Wongkang bungah biyantonana bungahe, wong kangnangis biyantonana panangise. 16Ditunggal atiing sajroning pitepungan; aja ngarah marangkang dhuwur-dhuwur, nanging padha ngudiamarang kang prasaja. Aja kuminter! 17Ajamales ala marang wong kang gawe piala;padha nindakna kang becik tumrap sadhengahwong. 18Sabisa-bisa yen pancen gumantungmarang kowe, andona rukun karo wongkabeh. 19Para sadulurku kang kinasih, ajanganti kowe dhewe padha nandukake piwales,nanging iku pasrahna marang bebenduneGusti Allah, sabab ana tulisan mangkene:“Pamales iku wewenangingSun. Ingsun kangbakal malesake,” mangkono pangandikaningPangeran. 20Balik manawa satrumu kaluwen,wenehana mangan; yen ngelak, wenehanangombe. Sabab kanthi patrap mangkono iku,kowe prasasat numplek mawa ana ing sirahe.21Kowe aja nganti dikalahake dening piala,malah piala iku kalahna sarana kabecikan.

Bab sumuyud marang panguwasa

13:1-7

131Saben wong sumuyuda marangpanguwasa kang mbawahake, sabab

ora ana panguwasa kang asale ora saka GustiAllah; lan para panguwasa kang ana iku padhakatetepake dening Gusti Allah. 2Mulane sing

Page 690: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 13.3–7 46

sapa mbalela marang pamarentah, ategesmbangkang marang pranatane Gusti Allah, lansapa bae kang mbangkang, bakal nekakakepaukuman marang awake dhewe. 3Awit singsapa tumindak becik, ora usah wedi marangpamarentah, kajaba yen nglakoni panggaweala. Apa kowe kapengin padha urip tanpanduweni rasa wedi marang panguwasa?Nglakonana apa kang becik, temah kowe bakaloleh pangaleme.4Awit pamarentah iku abdine Gusti Allah,

murih becikmu. Nanging manawa kowenindakake piala, iya wedia. Marga oratanpa gawe anggone ngasta pedhang. Awitpamarentah iku abdine Gusti Allah kangmalesake paukuman marang wong kangnglakoni piala. 5Mulane kita prelu padhasumuyud, ora mung marga bebenduneGusti Allah bae, nanging iya marga sakarumangsaning ati kita uga.6Rak iya marga saka iku anggonmu padha

asok pajeg. Ujer kang ngurus bab iku, ikupadha dadi peladose Gusti Allah. 7Mbayaramarang wong akeh, apa bae kang kudukokbayar; pajeg marang wong kang wenangnampani pajeg, beya marang wong kangwenang nampani beya; pakering marangwong kang darbe hak nampani pakering, lanpakurmatan marang wong kang darbe haknampani pakurmatan.

Page 691: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 13.8–14 47

Katresnan iku katetepaneangger-anggering Toret

13:8-148Kowe aja padha duwe utang apa-apa

marang sapa bae, kajaba mung utangtresna-tinresnan. Awit sing sapa nresnanisapadha-padha, iku ateges wis netepi ingangger-anggering Toret. 9Awit pangandika:aja laku jina, aja memateni, aja nyenyolong,aja melik, sarta sadhengaha pangandikaliyane iku wus kacakup ana ing pangandika iki,yaiku: Tresnaa marang sapepadhanira dikayamarang awakira dhewe!10Tresna iku ora nandukake piala marang

sapadha-padha, mulane katresnan ikukatetepane angger-anggering Toret. 11Prakaraiki kudu koktindakake, awit padha sumurupkaanane wektu saiki, yaiku yen wis wancinekowe padha tangi. Sabab saiki karahayon wusluwih cedhak tumrap kita, katimbang karonalikane kita lagi padha manjing pracaya.12 Iki wus lingsir wengi, wus meh raina.

Mulane payo kita padha ngrucat sakehingpratingkahing pepeteng, lan padha asikepgegamaning pepadhang! 13Payo kita padhalumaku kang patut, kang sembada kalawanraina, aja padha nguja memangan sartaendem-endeman, aja laku jina sarta ngumbarhawa-nepsu, aja tukar padu lan kumeren.14Nanging padha ngrasuka Gusti Yesus Kristus(minangka gegamaning pepadhang) lan

Page 692: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 14.1–7 48

aja mung ngopeni kadaginganmu kanggokamaremaning pepenginane.

Aja njeksani sadulurmu

14:1-12

141Wong kang ringkih pracayaneiku tampanana, lan aja ngrembug

panemune. 2Ana wong kang yakin, yenkena mangan sawernaning pangan, nangingwong kang ringkih pracayane mung manganjejanganan bae. 3Sapa kang mangan, ajangremehake kang ora mangan, sarta sapakang ora mangan aja njeksani wong kangmangan, awit iku wus katampen dening Allah.4Kowe iku sapa ta, dene kok njeksani baturingliyan? Wong iku ngadeg apa tiba, iku rakurusane lurahe dhewe. Nanging wong ikubakal tetep ngadeg, marga Pangeran kuwaosnjaga supaya terus ngadeg.5Sabab ana wong kang duwe panganggep,

yen ana dina kang luwih wigati katimbangdina-dina liyane, nanging ana maneh kangngarani yen kabeh dina iku padha bae. Sabenwong iku nemtokna ana ing atine dhewe.6Sing sapa ngajeni marang sawijining dina,iku anggone ngajeni kagem Gusti. Lan singsapa mangan, iku pamangane cumadhang ingGusti, marga wong iku saos sokur marangGusti Allah. Lan sing sapa ora mangan,anggone ora mangan iku iya cumadhanging Gusti, lan uga saos sokur marang GustiAllah. 7Awit kita iki siji bae ora ana kang uripe

Page 693: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 14.8–13 49

kanggo awake dhewe, sarta sijia bae ora anakang patine kanggo awake dhewe. 8Margamanawa kita urip, urip kita cumadhangmarang Gusti, lan manawa kita mati, matikita iya cumadhang marang Gusti. Dadiurip utawa mati, kita iki kagungane Gusti.9Sabab, iya iku kang dikarsakake anggoneSang Kristus seda sarta wungu maneh, supayaPanjenengane jumenenga Gustine wong matilan wong urip. 10Ananging kowe, yagene koknjeksani sadulurmu? Utawa yagene kowekok ngremehake sadulurmu? Awit kita kabehkudu padha seba ing ngarsaning dhamparpangadilane Gusti Allah. 11Awit ana tulisan,wiraose:“Demi gesangingSun, mangkono

pangandikaning Pangeran,kabeh dhengkul bakal padha sujud ana ing

ngarsaningSun,sarta sakehe ilat bakal ngluhurake Gusti

Allah.”12Dadine siji-sijine panunggalan kita iku bakalngunjukake panjawab marang Gusti Allah babprakarane dhewe-dhewe.

Aja gawe sandhungan

14:13-2313Mulane kita aja padha adil-ingadilan

maneh! Nanging luwih becik kowe padhamanuta wawasan iki: Kita aja gawesesandhungan utawa serike sadulur kita.

Page 694: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 14.14–23 5014Aku sumurup lan nemtokake ana ing Gusti

Yesus, yen ora ana barang kang najis sakadhasare dhewe. Ya mung kanggo wong kangduwe panganggep, manawa ana barang kangnajis, iku banjur dadi najis tumrap wong mau.15Awit yen kowe nglarakake atine sadulurmumarga saka apa kang kokpangan, lakumuwus ora awewaton katresnan maneh. Koweaja gawe rusake sadulurmu marga sakapanganmu, sabab Sang Kristus wus sedakanggo wong iku. 16Apa kang becik, kangdadi duwekmu iku, aja nganti dadi jalaraningpangala-ala. 17Sabab Kratone Gusti Allah ikududu bab mangan lan ngombe, nanging babkabeneran, tentrem-rahayu sarta suka-pirenamarga dening Sang Roh Suci. 18Awit sapakang ngladeni Sang Kristus kanthi patrapmangkono, iku dadi keparenge Gusti Allahsarta kajen ing wong.19Mulane payo kita padha nggayuh

marang apa kang ndadekake rukun sartabangun-binangun. 20Kowe aja mbubrahpakaryane Gusti Allah marga dening pangan!Samubarang kabeh iku kalal, nanging alatumraping wong, yen pangane njalari wongliya kesandhung. 21Becike kowe aja mangandaging sarta aja ngombe anggur, utawa apabae kang dadi sandhungan tumrap sadulurmu.22Antepana kang dadi keyakinanmu ikutumrap awakmu dhewe ana ing ngarsaneGusti Allah. Rahayu wong kang ora ngluputakeawake dhewe tumrap apa kang dianggepbecik katindakake. 23Nanging sing sapa

Page 695: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 15.1–7 51

mangan kanthi mangu-mangu, iku ategeswis kaukum, awit anggone nindakake iku oradilambari pracaya. Mangka samubarang kangora kalambaran pracaya iku dosa.

Wong kang ringkih lan kang santosa

15:1-13

151Anadene kita kang padha santosa,wajib nyabari karingkihaning wong

kang ora santosa, lan aja ngupaya kasenengankita dhewe. 2Siji-sijine panunggalan kita,nglegakna atine sapadha-padha, murih becikesupaya kabangun. 3Awit Sang Kristus uga orangupaya keparenge piyambak, nanging kayakang katulisan, wiraose: “Tembung-tembungpanacadipun tiyang ingkang sami nenacadPaduka, dhumawah dhateng kawula.” 4Ujersamubarang kang katulisan ing sadurunge,iku katulisan minangka piwulang kanggo kita,supaya kita ngandhemana ing pangarep-arepkalawan sabar mantep sarta kalawangondhelan panglipur kang saka ing KitabSuci. 5Muga-muga Gusti Allah kang dadietuking sabar mantep sarta panglipur, karsaamaringi karukunan marang kowe, kaya kangdikarsakake dening Sang Kristus Yesus,6 satemah kalawan saiyeg sarta tunggal swara,kowe padha ngluhurake Gusti Allah, lan KangRamane Gusti kita, Gusti Yesus Kristus.7Mulane kowe padha tampan-tinampanana,

padha kaya Sang Kristus anggone uga wusnampani kita, kagem kaluhurane Gusti Allah.

Page 696: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 15.8–13 528Kang dakkarepake yaiku, manawa awit sakakabenerane Gusti Allah, Sang Kristus wusdadi peladose para wong tetakan, kanggongukuhake prasetyane kang wus kaparingakemarang para leluhur kita, 9 sarta supayapara bangsa padha bisa ngluhurake GustiAllah, awit saka sih-palimirmane, kaya kangkatulisan, wiraose:“Mila kawula badhe ngluhuraken Paduka,

wonten ing satengahing para bangsa,saha memuji Asma Paduka kanthi pangidung

masmur.”10Lan sateruse mangkene:“He para bangsa, padha bungah-bungaha

bareng karo umate.”11Lan maneh,“He para bangsa, padha saosa puji marang

Pangeran,sarta sakehe suku bangsa cikben memuji

marang Panjenengane.”12Sarta sabanjure pangandikane Nabi Yesaya,“Bakal ana sogol thukul saka tunggake Isai,kang bakal jumeneng ngereh para bangsa,sarta iya Panjenengane iku kang bakal dadi

pangarep-arepe para bangsa.”13Muga-muga Gusti Allah, etuking pangarep-arep, maringana ganjaran marang kowe kabehsagunging kabungahan sarta tentrem-rahayuing sajroning pracayamu, supaya kowe padhasugiha pangarep-arep marga saka sawabeSang Roh Suci.

Page 697: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 15.14–19 53

Rasul Paulus nerangakedhasar-dhasaring layange

15:14-2114Para sadulur, aku dhewe pancen yakin

mungguhing kowe, yen kowe wus padhasugih kabecikan, mumpuni ing kawruh, sartauga wis padha keconggah eling-ingelingake.15Ewadene marga saka sih-rahmat peparingeGusti Allah marang aku, ana ing layang ikiing kana kene aku rada wani aweh pepelingmarang kowe kabeh, 16yaiku manawa akukepareng dadi peladose Sang Kristus Yesuskanggo bangsa-bangsa saliyane bangsaYahudi ing bab ngabarake Injile Gusti Allah,supaya bangsa-bangsa mau bisaa katampiing Gusti Allah, minangka pisungsung kangdadi keparenge, kang kasucekake dening RohSuci. 17Dadi aku bisa nglairake panggunggungana ing patunggilane Sang Kristus tumrapprajanjianku ana ing ngarsaning Allah.18Awit aku ora bakal kumawani nyritakakebab liyane, kajaba samubarang kang wuskatindakake dening Sang Kristus lumantaraku, yaiku nenuntun bangsa-bangsa liyamarang pambangun-turut, srana pitutursarta panggawe, 19marga saka dayaningtandha-tandha lan mukjijat-mukjijat sartamarga dening panguwaosing Sang Roh Suci.Iya mangkono iku, sajroning mider-miderwiwit saka kutha Yerusalem nganti tumeka ingtanah Ilirikum, aku wus ngabarake Injile Sang

Page 698: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 15.20–26 54

Kristus sakatoge. 20Lan sajrone ngabarake ikumau kang dakanggep dadi utamaning lakukuiku, yaiku manawa anggonku martakake oraana ing panggonan-panggonan kang AsmaneSang Kristus wus disumurupi ing wong, supayaanggonku mbangun iku aja nganti ana ingtetales gaweaning wong liya, 21nanging larasakaro kang katulisan, wiraose:“Wong kang padha durung kawartanan bab

Panjenengane,bakal padha ndeleng Panjenengane,sarta kang padha durung krungu wartanebakal padha mangreti.”

Pangarep-arepe Rasul Paulus bisaatekan ing kutha Rum

15:22-3322Yaiku kang njalari aku tansah kepalang

anggonku arep nemoni kowe kabeh.23Nanging saiki, sarehne aku wus oraduwe papan nyambut-gawe maneh anaing wilayah kene, sarta sarehne aku wussawatara taun kapengin nemoni kowe kabeh,24mulane dakarah sajrone lakuku menyanging tanah Spanyol, bisaa mampir menyanging padununganmu, lan ketemu karo kowe,temah kowe banjur padha bisa ngeterake akumrana, sawise aku ing sawatara ngrasakakeseneng marga bisa ketemu karo kowekabeh. 25Ananging wektu saiki, aku lagilelaku menyang ing Yerusalem, ngeterakepasumbang kanggo para suci. 26Sabab para

Page 699: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 15.27–33 55

sadulur ing tanah Makedhonia lan ing Akhayawus padha mrayogakake kirim apa-apamarang wong-wong kang padha miskinpanunggalane para suci ing Yerusalem. 27 Ikumau pancen wis dadi golong-giliging rembuge,nanging bab iku pancen wus dadi kuwajibane.Sabab, manawa bangsa-bangsa liya wis padhatampa panduman bandhane kasukman wongYahudi, bangsa-bangsa mau iya wajib leladiuga marang wong Yahudi kalawan bandhanekadonyan. 28Manawa aku wus nindakakeayahan iku sarta wus masrahake wohingpambudidayane bangsa-bangsa liya mau, akutumuli mangkat menyang ing tanah Spanyolliwat ing kuthamu. 29Lan aku sumurup,yen anggonku tilik kowe iku bakal nggawalelubering berkahe Sang Kristus.30Ananging marga saka Sang Kristus,

Gusti kita, lan marga saka sihe Sang Roh,kowe padha dakpituturi, para sadulur, akupadha rewangana ndedonga marang GustiAllah, 31 supaya aku kauwalna saka ingwong-wong ing tanah Yudea kang padha orambangun-miturut, lan supaya anggonku leladikanggo Yerusalem iku katanggapana kanthibecik dening para suci ing kono, 32 supayaaku bisa kanthi suka-pirena nemoni kowe awitsaka karsane Gusti Allah, bisa kadununganrasa seger bareng karo kowe kabeh. 33GustiAllah, etuking tentrem-rahayu nunggila karokowe kabeh! Amin.

Page 700: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 16.1–9 56

Salam

16:1-16

161Aku nglantarake marang kowesadulur kita Febe, sadulur wanita kang

leladi ana pasamuwan Kengkrea, 2 supayakoktampani ana ing patunggilane Gusti,kanthi patrap kang samesthine tumrap parasuci, sarta wenehana, pitulungan samangsadibutuhake. Sabab dheweke wus awehpitulungan marang wong akeh, klebu akudhewe.3Salam marang Priska lan Akwila, para

kanca tunggal ayahan ana ing Sang KristusYesus. 4 Iku wus padha ngetohake nyawanekanggo mitulungi uripku. Ora ngamungakeaku bae kang aweh panarima, nanging iyasakehing pasamuwan kang dudu Yahudi.5Uga salam marang pasamuwan kang anaing omahe. Salam marang Epenetus, sadulurkang daktresnani, kang dadi wiwitaning wongkang manjing ing patunggilane Sang Kristusing tanah Asia. 6Salam marang Maria, kangwis akeh anggone nglakoni kangelan kanggokowe kabeh. 7Salam marang Andronikus lanYunias, sadulurku tunggal bangsa, kang wistau kinunjara bareng lan aku, klebu wongkang kajen ana ing antarane para rasul, sartakang anggone dadi Kristen sadurunge aku.8Salam marang Ampliatus sing daktresnani

ana ing Gusti. 9Salam marang Urbanuskancaku tunggal ayahan ana ing Sang Kristus,

Page 701: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 16.10–17 57

sarta salam marang Stakhis kang daktresnani.10Salam marang Apeles, kang wus katitiktumemen ana ing Sang Kristus. Salam marangwong kang padha klebu golongane Aristobulus.11Salam marang Herodhion, kancaku tunggalbangsa. Salam marang wong kang padhaklebu golongane Narkisus, kang ana ingpatunggilane Gusti.12Salam marang Trifena lan Trifosa, kang

padha mempeng banget anggone leladikagem Gusti. Salam marang Persis, kangdaktresnani, kang wus akeh banget anggoneleladi kagem Gusti. 13Salam marang Rufus,wong kang pinilih ana ing Gusti, sarta salammarang ibune kang tumraping aku uga dadiibuku. 14Salam marang Asinkritus, Flegon,Hermes, Patrobas, Hermas sarta para sadulurkang padha tetunggalan ing kono. 15Salammarang Filologus lan Yulia, Nereus sartasadulure wadon, lan Olimpas, apadene sakehepara suci kang padha tetunggalan ing kono.16Padha sesalamana kalawan pangaras suci.Salam marang kowe kabeh saka sakehingpasamuwane Sang Kristus.

Pepeling

16:17-2417Nanging padha dakpituturi, para sadulur,

padha diwaspada marang para wong kangpadha nyulayani ing piwulang kang wuskoktampani, kang nuwuhake cecongkrahanlan panggodha. Singkirana wong-wong kaya

Page 702: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 16.18–24 58

mangkono iku mau. 18Sabab wong kang kayamangkono iku, padha ora leladi marang SangKristus, Gusti kita, nanging padha ngawulamarang wetenge dhewe. Lan kanthi tembungekang muluk-muluk lan basane kang manis,padha nindakake apus krama marang kangpadha tulus atine. 19Pawarta bab kasetyanmuwis keprungu ing wong akeh. Mulane akubungah banget ing ngatase kowe. Nangingkarepku, kowe padha pintera tumrap apa baekang becik sarta kalis ing sarupaning piala.20Muga-muga Gusti Allah kang dadi etukingtentrem-rahayu, enggal nglebur Iblis ana ingsangisoring tlapakanmu. Sih-rahmate GustiYesus, Gusti kita, anunggila ing kowe.21Salam marang kowe kabeh saka Timoteus,

kancaku tunggal ayahan, lan saka Lukius,Yason apadene Sosipater, para kancakutunggal bangsa.22 (Kula Tertius ingkang damel serat punika,

inggih kintun salam dhateng panjenengansadaya ing patunggilanipun Gusti.)23Salam marang kowe kabeh saka Gayus,

kang aweh pamondhokan marang aku, lanmarang pasamuwan kabeh. Salam marangkowe kabeh saka Erastus, hartakaning nagara,lan saka Kwartus sadulur kita.24 (Sih-rahmate Gusti Yesus Kristus, Gusti

kita, anunggila ing kowe kabeh! Amin.)

Page 703: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

RUM 16.25–27 59

Kabeh kamulyan kagem Gusti Allah

16:25-2725Kagem Panjenengane, kang nyantosakake

kowe kabeh, -- manut Injil kang dakkabarake,sarta pawarta bab Gusti Yesus Kristus,laras karo kabare wewadi kang kasidhempirang-pirang abad lawase, 26nanging kangsaiki wus kababar, sarta wus kawartakakedening kitab-kitabe para nabi, manutdhawuhe Gusti Allah kang langgeng marangsakehing bangsa, kanggo nenuntun maranging pambangun-turuting pracaya -- 27 iyakagem Panjenengane, Gusti Allah kangwicaksana piyambak, awit saka Gusti YesusKristus: sakehing kamulyan langgeng ingsalawas-lawase! Amin.

Page 704: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA

Salam

1:1-3

11Saka Paulus, kang katimbalan dadi rasuleSang Kristus Yesus, awit saka karsane

Gusti Allah, lan saka Sostenes, sadulur kita,2marang pasamuwane Gusti Allah kang anaing Korinta, yaiku para kang sinucekake anaing Sang Kristus Yesus, sarta kang padhakatimbalan dadi wong suci, dalah sakehewong ing ngendi-endi, kang padha nyebutAsmane Gusti kita Yesus Kristus, yaikuGustine wong-wong mau lan iya Gusti kita.3Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka GustiAllah, Rama kita, lan saka Gusti Yesus Kristus,anaa ing kowe kabeh.

Saos sokur

1:4-94Aku tansah saos sokur marang Gusti Allahku

bab ing ngatase kowe kabeh, awit sakasih-rahmate Gusti Allah kang kaparingakemarang kowe ana ing Sang Kristus Yesus.5Awitdene ana ing Panjenengane, kowe wispadha dadi sugih samubarang, iya sarupaningpitembungan lan sawarnaning kawruh,6 laras karo paseksen bab Sang Kristus,

Page 705: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 1.7–15 2

kang wus kayektekake ana ing antaramu.7Satemah kowe padha ora kekurangan ingbab sadhengah ganjaran, sajrone kowe padhanganti-anti kebabare Gusti kita Yesus Kristus.8Panjenengane iya bakal nyantosakake kowenganti tumeka ing wekasan, temah kowepadha tanpa cacad besuk ing dinane Gusti kitaYesus Kristus. 9Gusti Allah, kang wus nimbalikowe marang patunggilane Kang Putra YesusKristus, Gusti kita, iku setya tuhu.

Pasulayan ing pasamuwan

1:10-1710Ewadene kowe padha dakpituturi, para

sadulur, marga saka Asmane Gusti kita YesusKristus, kowe kabeh dipadha saiyeg sarta ajanganti ana pasulayan ing antaramu; nangingkowe padha raket-rukuna, tunggal budi sartatunggal pangrasa. 11Sabab, para sadulurku,aku wis diwartani dening wong-wong sakabrayate Khloe ing ngatase kowe kabeh, yen ingantaramu ana padudon. 12Kang dakkarepakeiku yaiku siji-sijine panunggalanmu calathu:Aku iki golongane Paulus! Aku golonganeApolos! Aku saka golongane Kefas! Utawa akugolongane Sang Kristus. 13Apa Sang Kristusiku kaperang-perang? Apa Paulus iku kasalibmarga saka kowe? Utawa apa kowe padhakabaptis ing jenenge Paulus? 14Aku saossokur dene sijia bae saka ing antaramu oraana kang dakbaptis kajaba Krispus lan Gayus,15 satemah ora ana wong kang bisa kandha

Page 706: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 1.16–21 3

yen kowe padha kabaptis ing jenengku. 16Akuiya mbaptis brayate Stefanus. Aliya sakaiku aku ora kelingan, yen ana wong liyanemaneh kang dakbaptis. 17Sabab Sang Kristusanggone ngutus aku iku ora supaya mbaptis,nanging supaya ngabarake Injil, lan bab ikuora nganggo kawasisaning tembung, supayasalibe Sang Kristus aja nganti dadi nglaha.

Kawicaksanane Gusti Allah lankawasisane manungsa

1:18--2:518Awit pawarta bab salib iku pancen dadi

kabodhoan tumrape wong kang bakal padhatiwas, nanging kanggo kita kang padhakapitulungan rahayu, dadi sawab kang sakaGusti Allah.19Sabab ana tulisan mangkene:“Ingsun bakal nglebur kawasisane para wong

wasis,lan kapinterane para wong pinter bakal

Sunsirnakake.”20Ana ing ngendi wong kang wasis? Ana

ing ngendi ahli Toret? Ana ing ngendijuru bantah ing jaman iki? Gusti Allah rakwis ndadekake kawasisane jagad iki dadikabodhoan? 21Awit sarehne jagad sajroningkawicaksanane Gusti Allah ora wanuh marangPanjenengane kalawan kawasisane, mulanewus dadi keparenge Gusti Allah mitulungirahayu marang para wong kang padha pracayamarga saka kabodhoaning pakabaran Injil.

Page 707: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 1.22–30 422Wong Yahudi padha njaluk pratandha, lanwong Yunani padha ngupaya kawasisan,23balik aku padha martakake Sang Kristuskang sinalib: mungguhing wong Yahudi dadisandhungan lan tumrap kang dudu wongYahudi dadi kabodhoan, 24nanging tumrappara kang katimbalan, wonga Yahudi, wongakang dudu wong Yahudi, Sang Kristus iku dadikakiyataning Allah lan kawicaksananing Allah.25Awit kabodhoan kang saka Gusti Allah ikuluwih wicaksana katimbang karo manungsa,lan karingkihan kang saka Gusti Allah ikuluwih rosa katimbang karo manungsa.26Padha ngelingana bae para sadulur, kapriyekaananmu nalikane kowe padha katimbalan,miturut ukuraning manungsa ora akeh kangkalebu wong wasis, ora akeh wong kangkalebu gedhe wibawane, ora akeh wongkang kalebu bangsa luhur. 27Nanging kangkaanggep bodho mungguhing jagad, kapilihdening Gusti Allah kanggo mirangake parawong wicaksana, apadene kang kaanggepringkih mungguhing jagad, kapilih deningGusti Allah kanggo mirangake kang rosa,28 lan kang asor sarta nistha mungguhingjagad, iku kapilih dening Gusti Allah, malahkang ora ana ajine kapilih dening Gusti Allahkanggo ngorakake kang aji, 29 supaya ajaana manungsa sijia bae kang gumunggungana ing ngarsane Gusti Allah. 30Nanging awitsaka Panjenengane kowe wus padha ana ingSang Kristus kang marga saka Gusti Allah wusdadi kawasisan tumrap kita. Panjenengane

Page 708: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 1.31–2.7 5

wus ngleresake, nucekake sarta nebus kita,31 supaya cundhuka karo kang katulisan,wiraose: “Sing sapa ngegung-egungake, ikungegungna mungguh ing Pangeran.”

21Mangkono uga nalikane aku nemonikowe, para sadulur, tekaku ora kanthi

pitembungan kang dakik-dakik utawa kanthikawasisan anggonku nglantarake paseksenkang saka Gusti Allah marang kowe. 2Sababaku ora duwe sedya nyumurupi apa-apa anaing antaramu kajaba Gusti Yesus Kristus,yaiku Panjenengane kang sinalib. 3Lan manehtekaku nemoni kowe iku kalawan apes lanwedi banget sarta gumeter. 4Anggonkucaturan utawa anggonku martakake oranganggo tembung-tembung kang wasis kangngyakinake, nanging kalawan yakin ing babkakiyatane Sang Roh, 5 supaya pracayamu ajanganggo landhesan kawasisaning manungsa,nanging kakiyataning Allah.

Bab kawasisan kang sajati

2:6-166Sanadyan mangkono aku padha nglairake

kawasisan ana ing kalangane wong kang wuspadha cakep, nanging dudu kawasisane jagadiki, lan dudu kawasisane para panguwasa ingjagad iki, yaiku panguwasa kang bakal sirna.7Nanging kang daklairake iku kawicaksananeGusti Allah kang kineker sarta winadi, kangwus kacawisake dening Gusti Allah ingsadurunge jagad dumadi, kanggo kamulyan

Page 709: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 2.8–14 6

kita. 8Lan panguwasaning jagad iki ora anakang nyumurupi bab iki, awit manawa padhanyumurupi mesthi ora nganti padha nyalibGustining kamulyan. 9Nanging kaya kangkatulisan, wiraose:

“Kang ora tau kadeleng ing mripat, lanora tau rinungu ing kuping, sarta kangora tau tuwuh ing atining manungsa:kabeh kang wus kacawisake deningGusti Allah marang kang padha nresnaniPanjenengane iku.”

10Awit Gusti Allah wus nglairake bab ikumarang kita sarana Sang Roh, sabab SangRoh itu nitipriksa samubarang kabeh, dalahbab wewadine Gusti Allah. 11Awit sapa taing antarane manungsa kang bisa nyumurupiapa kang tinemu ana ing atine, kajaba mungrohe manungsa iku dhewe kang ana ingbatine? Mangkono uga ora ana wong kangsumurup apa kang tinemu ana ing Gusti Allahkajaba Rohe Gusti Allah. 12Kita ora nampanirohe jagad, nanging Sang Roh kang asalesaka Gusti Allah, supaya kita padha bisanyumurupi apa kang dadi sih-peparinge GustiAllah marang kita. 13Lan sarehne aku padhaaweh katrangan bab-bab karohanen marangwong-wong kang padha kadunungan SangRoh, anggonku ngrembug bab sih-kamirahaneGusti Allah iku nganggo tetembungan kangora diwulangake marang aku kabeh deningkawicaksananing manungsa, nanging deningSang Roh. 14Nanging manungsa kadaginganora nampani apa kang asale saka Rohe Gusti

Page 710: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 2.15–3.5 7

Allah, awit bab iku tumraping wong mausawijining kabodhoan; sarta wong iku ora bisamangreti, awit bab mau mung bisa kawawascara kasukman. 15Balik wong kasukman ikunitipriksa samubarang kabeh, nanging awakedhewe ora katiti dening liyan. 16Sabab: “Sapata kang nyumurupi panggalihe Pangeran,nganti bisa mulang Panjenengane?” Nangingaku padha kadunungan panggalihe SangKristus.

Pasulayan

3:1-9

31Anadene aku, para sadulur, nalika ikuora bisa guneman karo kowe kaya marang

wong kasukman, nanging mung kaya marangwong kadagingan kang durung diwasa ana ingSang Kristus. 2Kang dakwenehake marangkowe iku banyu susu, dudu pangan kang akas,sabab kowe durung kelar. Malah ing wektusaiki uga, kowe iya durung kelar. 3Marga koweisih wujud manungsa kadagingan. Sabab,manawa ing antaramu tinemu rasa kemerensarta pasulayan, apa iku ora dadi tandha-yekti,yen kowe kabeh iku manungsa kadagingantuwin lakumu apa ora cara manungsa? 4Awityen kang siji calathu: “Aku golongane Paulus,”lan liyane kandha: “Aku golongane Apolos,”apa iku ora nelakake yen kowe iku manungsakadagingan kang dudu kasukman? 5DadiApolos iku apa? Paulus iku apa? Iku paraabdine Gusti kang dadi lantarane anggonmu

Page 711: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 3.6–13 8

padha manjing pracaya, miturut ayahanedhewe-dhewe kang kaparingake dening GustiAllah. 6Aku kang nenandur, Apolos kangnyirami nanging Gusti Allah kang nuwuhake.7Mulane kang wigati iku dudu kang nandurutawa kang nyirami, nanging Gusti Allah kangnuwuhake. 8Anadene kang nandur, lan kangnyirami iku padha; siji-sijine bakal padhanampani pituwase dhewe-dhewe, laras karoayahane. 9Awit aku kabeh iki padha ndhereking pakaryane Gusti Allah, dene kowe ikupadha dadi palemahan olah-olahane GustiAllah, iya dalem yasane Gusti Allah.

Bab dalem yasane Gusti Allah lan tetalese

3:10-2310Laras karo sih-rahmate Gusti Allah kang

kaparingake marang aku, aku kang dadiahli yasa omah kang cakep wus masangtetalese, lan wong liya iya padha nerusakembangun ing sadhuwure. Nanging sabenwong kudu nggatekake, kapriye anggonepadha mbangun ing sadhuwure. 11Sabab oraana wong kang bisa masang tetales liyanekajaba kang wus dipasang, yaiku Gusti YesusKristus. 12Embuh anggone mbangun ingsadhuwure iku mau migunakake emas, salaka,watu adi, kayu, suket garing utawa damen,13besuk garapane sawiji-wijining wong maubakal kawiyak. Awit dinane Gusti kang bakalnelakake, marga tekane bakal kairing inggeni, lan garapane sawiji-wijining wong bakal

Page 712: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 3.14–23 9

dinadar ing geni mau. 14Manawa garapankang diedegake bisa lestari, wong iku bakaltampa pituwas. 15Manawa garapane kobong,wong iku bakal kapitunan, nanging awakedhewe bakal kapitulungan rahayu, mung baepatrape kaya mentas saka geni. 16Apa kowepadha ora sumurup, yen kowe iku padha dadipadalemaning Allah, kang sarta Rohe GustiAllah iya dedalem ana ing kowe? 17Manawaana wong kang ngrusak padalemaning GustiAllah, Panjenengane bakal ngrusak wong mau.Sabab padalemaning Allah iku suci, yaikukowe.18Aja nganti ana wong kang ngapusi awake

dhewe. Yen ing antaramu ana kang rumangsawicaksana ana ing jagad iki, kareben wongiku dadi bodho, supaya dheweke dadiawicaksana. 19Awit kawicaksanane jagad ikikabodhoan tumrap Gusti Allah. Sabab anatulisan wiraose: “Panjenengane nangkep parawicaksana sajroning culikane.” 20Lan ingpanggonan liya, mangkene: “Pangeran mirsa,yen ciptane wong wicaksana iku kabeh tanpaguna.” 21Mulane aja nganti ana wong kangngegungake manungsa, amarga samubarangkabeh iku dadi darbekmu; 22dadia Paulus,dadia Kefas, dadia jagad, dadia urip utawapati, dadia wektu saiki utawa wektu kang bakalkalakon, iku kabeh darbekmu. 23Nangingkowe padha dadi kagungane Sang Kristus,sarta Sang Kristus iku kagungane Gusti Allah.

Page 713: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 4.1–6 10

Kang wenang ngadili iku mung Pangeran

4:1-5

41Kang iku, aku padha dianggepa kayamangkono iku: dadi abdine Sang Kristus,

kang pinracaya rumeksa ing kekeraneGusti Allah. 2Tumrap para abdi kang kayamangkono iku, mung siji sarate: yaikutemen. 3Tumraping aku dakanggep sepele,apa kowe utawa sadhengah pangadilaningmanungsa kang ngadili marang aku. Malahawakku dhewe iya ora dakadili. 4Sabab akupancen ora rumangsa apa-apa, ananging oraawit saka iku anggonku kabenerake. Kangngadili aku iku Gusti. 5Mulane kowe ajangadili sadurunge tekan ing wektune, yaikusadurunge Gusti rawuh. Panjenengane kangbakal medharake samubarang kang sumimpenana ing pepeteng, lan kang bakal nglairakeciptaning ati. Ing kono saben wong bakal olehpangalem saka Gusti Allah.

Padha diandhap asor

4:6-216Para sadulur, gunemku iki mau daketrapake

marang awakku dhewe lan marang Apolos,marga saka kowe, supaya marga sakatetuladhanku iku, kowe padha sinaumangreteni apa ta tegese unen-unen: “Ajangungkuli apa kang tinulis,” supaya ingantaramu aja nganti ana kang kumlungkung

Page 714: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 4.7–14 11

kanthi ngegungake kang siji ngremehakesijine. 7Awit sapa ta kang nganggep koweiku kinacek? Lan apa ta kang kokdarbenikang ora saka anggonmu tampa? Deneyen marga saka anggonmu tampa, yagenekowe kok kumlungkung, kaya-kaya ora sakaanggonmu tampa? 8Kowe iku wus padhawareg, kowe wus padha dadi sugih, tanpa akukowe wus padha dadi ratu. Wah saiba becikeyen ta pancen nyata mangkono, manawakowe wus padha dadi ratu, satemah aku iyapadha melu dadi ratu karo kowe! 9Sababmungguhing panemuku Gusti Allah maringipapan kang asor dhewe marang aku, pararasul, padha karo wong kang wus kapatrapaning paukuman pati, ujer aku wus padhadadi tontonaning jagad, para malaekat sartamanungsa. 10Aku iki padha bodho awit sakaSang Kristus, nanging kowe padha wasis anaing Sang Kristus. Aku padha apes, nangingkowe padha rosa. Kowe padha mulya, nangingaku padha ora kajen.11Nganti tumeka ing wektu iki aku padha

nandhang luwe, ngelak, kawudan, digebugisarta padha urip nglembara, 12aku nglakonipagawean kasar kang abot. Yen aku dipoyoki,aku padha mujekake becik; yen aku dikuya-kuya, aku padha sabar; 13yen aku dipitenah,aku padha males sumeh; aku wis padha dadileletheking jagad, padha karo kesede wongkabeh nganti tumeka saiki.14Bab iki daktulis ora nedya gawe isinmu,

nanging kanggo ngelingake kowe kabeh kang

Page 715: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 4.15–5.1 12

dadi anak-anakku kang daktresnani. 15Margasanadyan kowe padha duwea pamomongmaewu-ewu ana ing Sang Kristus, nangingora duwe bapa akeh. Marga iya aku kangdadi bapakmu ana ing Sang Kristus Yesussarana Injil kang dakwartakake marang kowe.16Mulane kowe padha dakpituturi: Padhanuladaa marang aku! 17 Iya iku mulane akubanjur kongkonan Timoteus anakku kangkinasih lan kang setya ana ing Gusti, dakkonnemoni kowe. Iku kang bakal ngelingakekowe bab lakuku ana ing Sang Kristus Yesus,kaya kang dakwulangake ana ing ngendi-endiing saben pasamuwan. 18Nanging ana wongsawatara kang banjur padha kumenthus,marga wong mau padha duwe pangira, yenaku ora bakal nekani kowe maneh. 19Nangingmanawa Gusti marengake, aku bakal enggalnekani kowe. Ing kono aku bakal nyumurupi,dudu tembunge wong kang kumenthus mau,nanging daya-kakuwatane. 20Sabab kratoneGusti Allah iku ora awujud tembung, nangingwujud daya-kakuwatan. 21Apa ta kang padhakokkarepake? Apa tekaku marang kowe kudunggawa gitik apa kalawan katresnan lan budisareh?

Dosa ing sajroning pasamuwan

5:1-13

51Pancen wong-wong padha krungu, yening antaramu ana kang laku jina, malah

patrape laku jina mau, ora tau kalakon ana

Page 716: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 5.2–10 13

ing antarane para bangsa kang ora wanuhmarang Gusti Allah, yaiku ana wong kangngalap somahe bapakne. 2Ewadene kowekok padha kumlungkung. Apa ora luwihbecik kowe padha prihatin, sarta nyingkirakewong kang duwe pratingkah mangkono mausaka ing tengahmu. 3Sabab aku, sanadyaning tata lair adoh, nanging sacara rohaniadu arep, aku kaya wis matrapi paukumanmarang wong kang nglakoni mangkono iku.4Yen kita padha kumpul sajroning roh, kowepadha tetunggalan karo aku, kanthi dayakakwuatane Gusti Yesus, Gusti kita, 5wongiku kudu kita pasrahake marang Iblis atasAsmane Gusti Yesus, satemah daginge rusak,supaya sukmane kapitulungana rahayu besuking dinane Gusti. 6Ora becik gumunggungmuiku. Apa kowe padha ora sumurup, yen ragisathithik iku rumasuk ing jladren kabeh?7Buwangen ragi kang lawas iku, supaya kowepadha dadi jladren kang anyar, sabab kowerak pancen tanpa ragi. Awit Cempe-Paskahkita uga wis disembeleh, yaiku Sang Kristus.8Mulane payo kita padha pista, ora nganggoragi kang lawas, ragi piala utawa duraka,nanging nganggo roti kang tanpa ragi, yaikukaburusan lan kayekten.9Aku wis nulis ana ing layangku marang

kowe, supaya kowe aja sesrawungankaro wong kang padha laku jina. 10Kangdakkarepake iku ora karo kabeh wong kanglaku jina ing jagad iki, utawa karo kabeh wongkang cethil sarta tukang ngapusi, utawa kabeh

Page 717: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 5.11–6.3 14

wong kang padha nyembah brahala, amargayen ta mangkonoa kowe mesthi kudu padhametu saka jagad iki. 11Nanging, anggonkunulis marang kowe iku mau mangkene: koweaja nganti srawung karo wong, kang sanadyanwong mau ngaku sadulur, nyatane laku jina,cethil, nyembah brahala, gawene mitenah,seneng mendem utawa tukang ngapusi; koweaja pisan-pisan mangan bebarengan karowong kang kaya mangkono iku. 12Sababyen aku padha ngadili wong-wong kang anasajabaning pasamuwan, iku aku migunakakewewenang apa? Kowe rak mung padhangadili wong-wong kang ana ing sajroningpasamuwan ta? 13Para wong kang padhaana ing sajabaning pasamuwan, iku bakaldiadili dening Gusti Allah. Wong kang padhanandukake piala iku tundhungen saka ingtengah-tengahmu.

Golek pangadilan marangwong kang ora pracaya

6:1-11

61Apa ana wong ing antaramu kangmanawa prakaran karo padha sadulur,

kok wani golek pangadilan marang wongkang padha ora pracaya, ora marang parasuci? 2Utawa apa kowe padha ora sumurup,yen ta para suci bakal ngadili jagad? Lanmanawa pangadilane jagad iku ana ingtanganmu, apa kowe ora saguh ngrampungiprakara-prakara sing remeh? 3Apa kowe

Page 718: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 6.4–11 15

padha ora smurup, yen kita bakal ngadilipara malaekat? Apamaneh prakara-prakarakang lumrah-lumrah. 4Sanadyan mangkonomanawa kowe arep ngurus prakara-prakarakang lumrah, apa banjur kokpasrahakemarang wong kang ora kepetung ana ingpasamuwan? 5Bab iki dakkandhakake, supayakowe padha rumangsa isin. Apa siji bae oraana ta ing antaramu kang wicaksana, kangbisa ngrampungi prakarane para sadulure?6Apa ya lenggah ta yen anggone padha golekadil ing antarane sadulur, malah marangwong kang ora pracaya? 7Bab anane prakarakang tuwuh ana ing antaramu iku bae,wus nelakake anggonmu padha kuciwa.Yagene kowe ora milaur nrima digawesawenang-wenang? Yagene kowe ora nrimaketunan? 8Ananging kowe dhewe malah padhatumindak sawenang-wenang lan padha gawepituna, tur bab ku tumanduk marang parasadulurmu dhewe. 9Utawa kowe padha orasumurup, yen wong kang padha ora adil ikubakal ora tampa panduman warisan KratoningAllah?Aja padha kesasar. Wong kang laku jina,

nyembah brahala, laku bedhang, dadigemblak, laku jindik, 10kang nyenyolong,cethil, seneng mendem, tukang mitenahlan tukang ngapusi, iku ora bakal tampapanduman warisan Kratoning Allah. 11Lansawenehing panunggalanmu biyen iya kayamangkono iku, nanging kowe wus padhamasrahake awakmu supaya diresiki, kowe wus

Page 719: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 6.12–18 16

padha kasucekake, wus padha kabenerakemarga saka Asmane Gusti Yesus Kristus lanmarga dening Rohe Allah kita.

Pepeling bab laku jina

6:12-2012Aku wenang samubarang, nanging

ora samubarang maedahi. Tumraping akusamubarang kabeh iku kalal, nangingawakku dakjaga aja nganti kawasesa deningsadhengaha apa bae. 13Pangan iku kanggoing weteng, lan weteng kanggo ing pangan:nanging sakarone bakal dilebur dening GustiAllah. Badanmu iku ora kanggo laku jina,nanging kagem ing Gusti, lan Gusti kanggoing badan. 14Gusti Allah kang wus mungokakeGusti, iya bakal nangekake kita marga sakapanguwaose. 15Apa kowe padha ora sumurup,yen badanmu iku dadi gegelitaning SangKristus? Kang iku gegelitaning Sang Kristusapa bakal dakjupuk, tuwin dakpasrahakemarang laku jina? Babar pisan ora! 16Utawa,apa kowe ora sumurup, yen sing sapa rumaketmarang wanita tunasusila, iku dadi nunggalsabadan? Rak ana pangandika mangkene:“Loro-lorone bakal dadi daging siji.” 17Baliksing sapa rumaket ing Gusti, iku dadi nunggalsaroh kalawan Panjenengane. 18Padhangedohana laku jina! Sarupaning dosaliyane kang dilakoni ing wong iku tumindakesajabaning badane. Nanging wong kang lakujina iku ateges dosa marang badane dhewe.

Page 720: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 6.19–7.7 1719Apa kowe padha ora sumurup, yen badanmuiku dadi padalemane Sang Roh Suci kang anaing kowe, Sang Roh Suci kang kaparingakemarang kowe dening Gusti Allah, sarta yenawakmu iku dudu awakmu dhewe? 20Sababkowe wus padha tinuku lan wus kabayarlunas: Mulane padha ngluhurna Gusti Allahsrana badanmu!

Bab sesomahan

7:1-16

71Mungguh prakara-prakara kang kamoting layangmu marang aku iku, becik

tumrape wong lanang, yen ora sesomahan,2nanging ngelingi anane bebaya laku jina,becike saben wong lanang duwea somahdhewe lan wong wadon duwea bojo dhewe.3Kang lanang netepana kawajibane marangsomahe, mangkono uga kang wadon marangbojone. 4Kang wadon ora nguwasani badanedhewe, nanging kang lanang. Mangkonouga kang lanang iya ora nguwasani badanedhewe, nanging kang wadon. 5Kowe ajapadha cegah-cinegah, kajaba kalawan padhasarujuke kanggo ing sawatara mangsa, supayakowe bisa mligekake wektu kanggo ndedonga.Nanging sawise iku padha kumpula maneh,supaya Iblis aja nganti nggodha kowe, awitsaka anggonmu ora kuwat nyegah. 6Bab ikidaktuturake marang kowe minangka palilah,ora minangka prentah. 7Sanadyan mangkonosaiba becike manawa wong kabeh padha

Page 721: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 7.8–15 18

nglakoni kaya aku; nanging saben wongkaparingan ganjaran dhewe-dhewe deningGusti Allah, kang siji ganjaran mangkene,sijine ganjarane mangkono. 8Dene wongkang ora sesomahan lan para randha,dakprayogakake, supaya padha tetepa kayaaku iki. 9Nanging manawa ora kuwat nyegah,kareben padha omah-omah. Awit luwih becikbebojoan tinimbang ngangah-angah margadening hawa-nepsu.10Mungguh para wong kang padha

sesomahan -- dudu aku, nanging Gusti kangndhawuhi, -- supaya wong wadon aja ngantimegat bojone. 11Lan yen pegatan, tetepaanggone ora jejodhoan utawa rukuna manehkaro kang lanang. Lan wong lanang ora kenamegat somahe.12Nanging marang wong liyan aku, dudu

Gusti, mituturi mangkene: Yen ana sadulurduwe somah kang ora pracaya, mangka wongwadon iku gelem manggon tetunggalan,sadulur mau aja nganti megat kang wadon iku.13Lan wong wadon manawa duwe bojo kangora pracaya, mangka wong lanang iku gelemmanggon tetunggalan, wong wadon mau ajanganti megat kang lanang iku. 14Amargawong lanang kang ora pracaya iku, wuskasucekake marga saka kang wadon, lan wongwadon kang ora pracaya mau wus kasucekakemarga saka kang lanang. Saupama oramangkono, anak-anakmu iku rak banjur dadianak-anak kang najis, mangka saiki padhasuci. 15Nanging manawa kang ora pracaya

Page 722: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 7.16–22 19

iku kepengin pegatan, iya kareben megat;manawa mangkono iku sadulur lanang utawawadon mau padha ora kacencang ing wajib.Nanging anggone Gusti Allah nimbali koweiku, supaya kowe padha olaha atut-rukun.16Sabab kapriye anggonmu bisa sumurup, hehwong wadon, manawa kowe bakal nylametakebojomu? Utawa kapriye anggonmu sumurup,heh wong lanang, manawa kowe bakalnylametake somahmu?

Bab tumindak kaya ing nalikanekatimbalan dening Gusti Allah

7:17-4017Sateruse, saben wong iku lestari tumindaka

kaya kang wus katetepake dening Gusti,lan ing sajroning kaanan kaya ing nalikanekatimbalan dening Gusti Allah. Iya ikipranatan kang dakwenehake marang sakehepasamuwan. 18Manawa ana wong kangkatimbalan wus tetakan, aja mbudidayangilangi labeting tetak iku. Lan manawaana wong kang katimbalan ora tetakan,aja banjur nglakoni tetak. 19Sabab tetakutawa ora tetak iku dudu apa-apa. Kangprelu netepi angger-anggere Gusti Allah.20Saben wong iku tetepa kaya ing nalikanekatimbalan dening Gusti Allah. 21Manawanalikane kowe katimbalan dadi batur tukon,iku aja kokgrantesake! Nanging manawa kowebisa dimerdikakake iya gelema. 22Sabab baturtukon kang katimbalan ing Gusti iku dadi wong

Page 723: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 7.23–31 20

merdika, kagungane Gusti. Mangkono ugawong merdika, kang katimbalan dening SangKristus, iku dadi abdine Sang Kristus. 23Kowewus padha tinuku lan wus kabayar lunas.Mulane kowe aja padha dadi batur-tukoningmanungsa. 24Para sadulur, saben wong ikuana ing ngarsane Gusti Allah, lestaria kaya ingnalikane katimbalan.25Saiki bab para prawan. Aku ora oleh

dhawuh saka Gusti tumrap iki. Nanging akunglairake panemuku kayadene wong kang kenadipracaya, awit saka palimirmane Gusti Allahkang daktampa. 26Kang iku panimbangku,ngelingi kaanan ing wektu saiki, becik manawawong iku kaanane ora owah. 27Manawa kowewus katalenan ing wong wadon, aja ngarahpegate! Manawa kowe ora katalenan ingwong wadon, aja rabi! 28Ewadene manawakowe oma-omah, iku kowe ora dosa. Lanyen ana prawan omah-omah, iku iya oradosa. Nanging wong kang mangkono ikubakal nandhang kasusahan mungguh ingdaging, mangka karepku kowe aja ngantiketaman ing kasusahan iku. 29Para sadulur,kang dakkarepake mangkene: Wektunewus kari sathithik! Mulane ing wektu kangmung kari sathithik iki, wong lanang kangpadha sesomahan tumindaka kaya-kaya orasesomahan; 30 lan wong kang padha nangis,dikaya ora nangis; lan kang bungah dikayaora bungah; sarta para wong kang tetuku,dikaya ora nduweni kang dituku; 31 ringkese,wong kang padha nganggo barang-barang

Page 724: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 7.32–38 21

kadonyan iki, dikaya ora nganggo. Sababdonya kang kita sumurupi saiki iki, bakal sirna.32Kang dakkarepake, supaya kowe padhaurip tanpa was-sumelang. Wong lanang kangora sesomahan, ngelengake kang mungguhing Gusti, kapriye murih dadi keparengeGusti. 33Dene wong lanang kang sesomahan,ngelengake kang mungguh ing kadonyan,kapriye bisane gawe senenge kang wadon,34 lan marga saka mangkono pikirane banjurkabage-bage. Wong wadon kang ora bebojoan,sarta para prawan, padha ngelengake kangmungguh ing Gusti, supaya jiwa-ragane dadisuci. Nanging wong wadon kang bebojoanngelengake prakara kadonyan, kapriye bisanegawe senenge kang lanang.35Kabeh iki mau daktuturake kanggo

kabutuhanmu dhewe, ora nedya ngalang-alangi kekarepanmu, nanging malah supayakowe padha nglakonana samubarang kangbener lan becik sarta supaya anggonmuleladi marang Gusti tanpa alangan. 36Denemanawa ana wong duwe pangira, yenanggone ngrengkuh marang prawanekurang samesthine, manawa prawan mausangsaya tuwa, mangka duwe rasa adrengkudu neningkahan, manawa pancen karepemangkono, kareben neningkahan. Iku oradosa. 37Dene manawa ana wong kangatine yakin, ora kapeksa lan bisa ngerehkekarepane, sarta wus kenceng sedyane oraarep omah-omah karo prawane, iku tumindakbecik. 38Dadi wong kang omah-omah karo

Page 725: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 7.39–8.6 22

prawane, iku tumindak becik, dene kang oraomah-omah karo prawane, iku tumindakluwih becik. 39Wong wadon somahan ikukecencang salawase bojone isih urip. Nangingyen bojone wus tinggal-donya, wong wadonmau wenang neningkahan maneh karo sapabae kang dikarepake, anggere wong kangpracaya. 40Nanging mungguhing panemuku,luwih begja, manawa wong mau tetapkaya mangkono. Lan pangrasaku, aku iyakadunungan Rohe Gusti Allah.

Bab sesajening brahala

8:1-13

81Tumrap daging sesajening brahala iku,kita padha sumurup: “kita kabeh padha

duwe kawruh.” Kawruh kang mangkono ikumarakake kumenthus, nanging katresnan ikumbangun. 2Manawa ana wong duwe pangira,yen duwe “Kawruh” iku ateges durung bisangranggeh kawruh kang kudune digayuh.3Nanging wong kang tresna marang GustiAllah, iku diudaneni dening Gusti Allah.4Mungguh bab mangan daging sesajening

brahala, kita padha sumurup: “yen brahalaiku ora ana ing jagad, lan ora ana Allah liyanekajaba Gusti Allah kang asipat tunggal.”5Sabab, sanadyan ta ana kang sinebut “allah”,dadia ing swarga, utawa ing bumi -- sartapancen bener ana “allah” akeh, lan akeh“gusti” -- 6nanging mungguh ing kita mungana Gusti Allah siji, yaiku Sang Rama, kang

Page 726: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 8.7–13 23

dadi etuking samubarang kabeh, lan kitapadha urip lumados marang Panjenengane,sarta Gusti iya mung siji, yaitu Gusti YesusKristus, kang njalari anane samubarang lankang njalari kita padha urip. 7Dene kangduwe kawruh mangkono iku ora kabeh wong.Ana wong, kang awit saka anggone isihkacencang ing brahala-brahala, pamanganedaging iku kaya pancen sesajening brahala.Lan pangrasaning atine kang ringkih banjurdadi jember. 8 “Pangan iku ora njalari kitasaya cedhak karo Gusti Allah. Kita padha orakapitunan apa-apa manawa ora mangan,lan ora bathi apa-apa manawa kita padhamangan.” 9Nanging poma kowe padhadiawas, aja nganti wewenangmu iku dadisandhungan tumrap wong kang padharingkih. 10Awit manawa nganti ana wongkang weruh kowe kang duwe kawruh, lagimangan ana ing omah brahala, apa wongkang pangrasaning atine ringkih ora bakalkawanekake mangan daging sesajeningbrahala? 11Kalawan patrap mangkono wongkang ringkih, yaiku sadulurmu, dadi nemutiwas marga saka “kawruhmu”, mangka SangKristus wus nglampahi seda kanggo wong iku.12Manawa kanthi patrap mangkono, kowegawe dosa marang para sadulurmu sartanatoni pangrasaning atine kang ringkih, ikusajatine kowe gawe dosa marang Sang Kristus.13Mulane manawa pangan dadi sesandhungantumrap sadulurku, ing salawase aku ora arep

Page 727: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 9.1–9 24

mangan daging maneh, supaya aja nganti dadisesandhungan tumrap sadulurku.

Wewenang lan kawajibane rasul

9:1-27

91Apa aku iki dudu rasul? Aku rak wongmerdika, ta? Apa aku ora wus ndeleng

Gusti Yesus, Gusti kita? Kowe iku apa oradadi garapanku ana ing Gusti? 2Sanadyankanggone wong liya aku iki dudu rasul,nanging tumraping kowe aku iki rasul. Amargauripmu ana ing Gusti iku minangka tandhacap tumraping karasulanku. 3 Iki panjawabkumarang wong kang padha ngritik aku.4Apa aku ora duwe wewenang mangan

lan ngombe? 5Apa aku ora duwe wewenangngajak wong wadon Kristen minangka somahing sajroning lakuku, padha kaya para rasulliyane lan para sadhereke Gusti apadeneKefas? 6Utawa apa mung aku lan Barnabasbae kang ora duwe wewenang kabebasakesaka ing pagawean kasar? 7Sapa ta kang wustau melu maju perang kanthi wragad dhewe?Sapa ta kang nanduri kebon anggur lan oramangan wohe? Utawa sapa ta kang angonpepanthan wedhus lan ora ngombe puhane?8Tuturku kang mangkono iku apa munggagasaning manungsa bae? Angger-anggeringToret rak iya mratelakake mangkono ta?9Sabab ing angger-anggere Nabi Musa anatulisan mangkene: “Sira aja mbrongsongcangkeming sapi kang lagi kanggo nggiling.”

Page 728: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 9.10–16 25

Apa Gusti Allah iku nggumatosi sapi? 10Apakita kang kinarsakake? Iya, bab iki katuliskanggo kita, yaiku: kang mluku iya kudumluku kanthi pangarep-arep, lan kang nggilingiya kudu nggiling kanthi pangarep-arep olehepandumane.11Kang iku manawa aku kang wis padha

nyebar wiji kasukman kanggo kowe kabeh,apa ora kena aku padha ngeneni pametumukadagingan? 12Manawa wong liya padhawenang ngarep-arep panduman saka kowe,apa wewenangku ora luwih gedhe?Nanging aku padha ora migunakake

wewenang mau. Balik aku malah padhambetahake samubarang, supaya aja ngantingalang-alangi pakabaraning Injile SangKristus. 13Apa kowe padha ora sumurup, yenwong kang padha leladi ing padaleman suciiku pangane iya saka ing padaleman suci,lan wong kang padha leladi ing misbyah, ikuiya padha oleh panduman saka ing misbyahkono? 14Mangkono uga Gusti iya wus mranata,para kang ngabarake injil, iku uripe iya sakaanggone ngundhangake Injil iku.15Nanging aku, ora tau migunakake

wewenang iku mau siji-sijia. Anggonku nuliskabeh iki, ora supaya aku ditanggapanamangkono uga. Sabab aku milaurmati katimbang karo ......! Temenan,gumunggungku iki ora bisa dibatalake deningsapa bae! 16Sabab yen aku ngabarake Injil,iku ora duwe dhasar kanggo ngegungakedhiri. Marga iku rak kawajibanku. Malah bilai

Page 729: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 9.17–22 26

aku manawa ora ngabarake Injil. 17Saupamaanggonku nindakake iku mung manut karepkudhewe, pancen aku duwe hak oleh pituwas.Nanging anggonku nindakake mau orasaka karepku dhewe, awit pakabaran ikuayahan kang kabubuhake marang aku. 18Yenmangkono banjur apa pituwasku? Pituwaskuyaiku: aku diparengake ngabarake Injil tanpapituwas, lan aku ora migunakake wewenangkuanggonku dadi juru ngundhangake Injil.19Sanadyan aku iki merdika tumraping

wong kabeh, ewadene aku ngawulakakeawakku marang wong kabeh, supaya akukeparenga nggendeng wong kang akehbanget. 20Tumrape wong Yahudi aku dadikaya wong Yahudi, supaya aku bisaanggendeng wong Yahudi. Tumrap para wongkang kawengku ing angger-anggering Toretaku dadi kaya wong kang kawengku ingangger-anggering Toret, -- sanadyan akudhewe ora kawengku ing angger-anggeringToret -- supaya aku bisaa nggendeng parawong kang kawengku ing angger-anggeringToret. 21Tumrape wong kang padha orakawengku ing angger-anggering Toret, akudadi kaya wong kang ora kawengku ingangger-anggering Toret -- sanadyan uripku ikuora tanpa angger-anggering Allah, sabab akukawengku ing angger-anggere Sang Kristus-- supaya aku bisaa nggendeng para wongkang ora kawengku ing angger-anggeringToret. 22Tumrape wong kang padha ringkih,aku dadi kaya wong ringkih, supaya aku

Page 730: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 9.23–10.3 27

bisaa nggendeng marang wong kang padharingkih. Tumrap sarupaning wong aku wusdadi pepadhane, supaya sabisa-bisa akunggendenga wong sawatara saka ing antarane.23Samubarang kabeh iku mau daktindakakemarga saka Injil, supaya aku melua olehpandumane.24Apa kowe padha ora sumurup, yen wong

kang melu ana ing pambalapan iku kabehpadha lumayu, nanging mung siji kangtampa ganjaran? Mulane padha lumayuaamrih kowe bisaa tampa ganjaran. 25Sabenwong kang melu balapan, iku njaga dhirineing samubarang prakara. Wong mau padhatumindak mangkono supaya oleha makuthakang kena ing rusak; balik kita padha ngarahbisaa oleh makutha kang langgeng. 26Mulaneanggonku lumayu iku ora tanpa tujuan,lan aku dudu jago jotos kang mung watonnjotos bae. 27Nanging aku nglatih badankusarta dakreh ing sakabehe, supaya sawisengabarake Injil marang wong liya, aja ngantiaaku dhewe ditampik.

Bangsa Israel minangka pangilon

10:1-13

101Anadene karepku, para sadulur,supaya kowe padha ngreti, yen para

leluhur kita padha kaauban ing mega, lankabeh wis padha lumaku nratas patunggilaneNabi Musa sarana kabaptis ana ing megalan ing sagara mau. 2 (10:1) 3Kabeh padha

Page 731: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 10.4–13 28

mangan tunggal pangan kasukman, 4 lankabeh padha ngombe tunggal omben-ombenkasukman, awit padha ngombe saka ingparang kasukman kang ngetutake lakune,dene parang mau yaiku Sang Kristus.5Ewadene panunggalane kang akeh padha orandadekake keparenge Gusti Allah, ujer padhakatumpes ana ing pasamunan.6Kabeh iki mau wis kalakon minangka

tuladha lan pepeling tumrap kita, supayakita aja nganti padha kapengin marangpiala, kaya kang wus katindakake deningwong-wong mau, 7 lan kita aja nganti padhadadi wong nyembah brahala kaya sawenehingpanunggalane, kaya kang katulisan, wiraose:“Wong akeh iku padha lelungguhan, manganlan ngombe; banjur padha ngadeg lanseneng-seneng.” 8Kita aja padha lakujina, kaya kang padha katindakake deningsawenehing panunggalane, temahan anawong telu likur ewu kang padha mati sadina.9Karomaneh kita aja padha nyoba marangGusti, kaya kang padha katindakake deningsawenehing panunggalane, satemah padhatiwas dening ula. 10Sarta aja padha grundelankaya sawenehing panunggalane, satemahpadha ditumpes dening malaekating pati.11Kabeh iki mau wus tumempuh marang

wong-wong mau minangka tuladha, lankatulisan supaya dadia pepeling tumrap kitakang wus padha urip ing pungkasaning jaman.12Mulane sing sapa rumangsa ngadeg jejeg,dingati-ati aja nganti tiba! 13Kang padha

Page 732: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 10.14–20 29

kokalami iku pacoban-pacoban kang lumrah,kang ora ngluwihi kakuwataning manungsa.Sabab Gusti Allah iku setya tuhu, ora bakalnegakake kowe kacoba ngluwihi saka ingkakuwatanmu. Manawa kowe kena ing coba,Panjenengane bakal maringi marganing luwar,satemah kowe padha bisa mbetahake.

Bab bujana suci lan sesajening brahala

10:14-2214Mulane para kekasihku, padha nyingkirana

panyembahing brahala. 15Aku pitutur marangkowe iku kaya marang wong kang padhaduwe pangreten. Padha timbangen dheweapa kang dakpituturake! 16Tuwunging pamujisokur kang kita pujekake, apa ora minangkapatunggalan klayan rohe Sang Kristus? Aparoti kang kita cuwil-cuwil iku ora minangkapatunggalan klayan sarirane Sang Kristus?17 Ing sarehne rotine iku mung siji, kang ikukita sanadyan akeh, dadi badan siji; margakabeh padha oleh panduman saka roti siji iku.18Padha titenana bangsa Israel kang

mungguh ing daging: wong kang padhamangan kurban iku rak oleh panduman ingpaladosaning misbyah, ta? 19Apa ta kangdakkarepake kandha mangkono iku? Apasesajening brahala iku ana tegese? Utawa,apa brahala iku ana kanyataane? 20Ora! Denekang dakkarepake, sesajene wong-wongiku mau tumuju marang roh-roh reged, ora

Page 733: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 10.21–29 30

marang Gusti Allah. Lan ora dadi karepku yenkowe padha tetunggalan karo para roh reged.21Ora bisa kowe padha ngombe ing tuwunge

Gusti lan iya saka ing tuwunge para roh reged.Ora bisa kowe padha tampa panduman ingmejane Gusti lan iya ing mejane para rohreged. 22Utawa apa kita nedya memungubentering panggalihe Gusti? Apa iya karosankita ngungkuli Panjenengane?

Bab apa kang dadi sesirikan

10:23--11:123Aku wenang samubarang, nanging ora

samubarang iku maedahi. Aku wenangsamubarang, nanging ora samubarangmbangun. 24Aja nganti ana wong kang munggolek untunge dhewe, nanging saben wongngaraha untunging liyan.25Kowe padha kena mangan apa bae kang

diedol ana ing pasar daging, aja nganggoneges apa-apa marga saka ganggaming ati.26Sabab “bumi saisine kabeh iku kagunganePangeran.”27Manawa kowe padha diulemi dening wong

kang ora pracaya, lan uleman iku koktampani,padha mangana apa bae kang disuguhakemarang kowe, aja nganggo neges apa-apamarga saka ganggaming ati. 28Nangingyen ana wong kang ngandhani kowe, “Ikusesajening brahala!” aja kokpangan, margasaka kang ngandhani mau lan iya awitsaka pangrasaning ati. 29Kang dakkarepake

Page 734: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 10.30–11.3 31

pangrasaning ati iku dudu pangrasaningatimu dhewe, nanging atine wong liya iku.Bokmanawa ana wong calathu: “Yagene ta,dene kamardikanku kok ditemtokake deningpangrasaning atine wong liya? 30Manawaaku melu mangan apa-apa kanthi saossokur, yagene aku kok dialakake margasaka panganan kang daksokuri iku mau?31Wangsulanku mangkene: Dadia kowemangan, dadia kowe ngombe, dadia nglakoniapa bae liyane, kabeh iku mau lakonanakagem kaluhurane Gusti Allah. 32Kowe ajanganti padha gawe sandhungan, dadia marangwong Yahudi, dadia marang wong Yunani,apadene marang pasamuwane Gusti Allah.33Dikaya aku iki iya ngarah nglegakakeatine wong kabeh ing bab apa bae, orakanggo kapreluanku dhewe, nanging kanggokabutuhane wong akeh, supaya padha nemuakarahayon.

111Padha nulada marang aku, dikaya akuiya nulad Sang Kristus.

Rerenggan sirahing wanita

11:2-162Aku ngalem kowe, sabab ana ing

samubarang prakara kowe padha tetep elingmarang aku lan padha ngantepi piwulangkang dakwenehake marang kowe. 3Nangingkarepku, kowe padha nyumurupana babiki, yaiku sesirahe saben wong lanang ikuSang Kristus, dene sesirahe wong wadon iku

Page 735: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 11.4–13 32

kang lanang, sarta Sesirahe Sang Kristusiku Gusti Allah. 4Saben wong lanang kangndedonga utawa medhar wangsit kanthisirah kudhungan, iku ngremehake sirahedhewe. 5Nanging saben wong wadon kangndedonga utawa medhar wangsit sirahetanpa kekudhung, iku ngremehake sirahedhewe, sabab padha bae karo wong wadongundhul. 6Sabab wong wadon manawa oragelem kudhungan, iku aluwung cukura pisan.Nanging manawa cukuran iku njalari remehingwong wadon, becike iya padha nganggoakudhung. 7Dene wong lanang iku ora prelunganggo kudhung, awit wong lanang ikunyunarake citra lan kamulyaning Allah. Denewong wadon iku nyunarake kamulyaningwong lanang. 8Ujer wong lanang iku asaleora saka wong wadon, nanging wong wadonkang asale saka wong lanang. 9Sarta wonglanang iku anggone katitahake ora margasaka wong wadon, nanging wong wadon kangkatitahake marga saka wong lanang. 10Mulanewong wadon iku nganggo pratandhaningkawibawane ana ing sirahe, marga saka paramalaekat. 11Ewadene, ana ing Gusti ora anawong wadon tanpa wong lanang, lan oraana wong lanang tanpa wong wadon. 12Awitkayadene anane wong wadon iku saka wonglanang, mangkono uga anane wong lanang ikulantaran wong wadon; lan samubarang kabehiku pinangkane saka Gusti Allah.13Padha timbang-timbangen dhewe: Apa

pantes wong wadon ndedonga marang Gusti

Page 736: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 11.14–22 33

Allah, sirahe kok ora kudhungan? 14Sakakodrate dhewe rak wis tetela tumrap kowe,yen asor mungguhing wong lanang, samangsarambute diingu dawa? 15Nanging tumrap wongwadon ngingu rambut iku dadi lan kajene. Awitrambut iku kaparingake minangka kudhung.16Nanging yen ana wong kang kudu rebut

bener, aku utawa pasamuwan-pasamuwaneGusti Allah padha ora duwe pakulinan kangkaya mangkono iku.

Pranatan bab Bujana Suci

11:17-3417 Ing sajrone aku aweh pranatan-pranatan

sabanjure iki aku ora bisa ngalem kowe, awitanggonmu padha kumpulan iku ora ndadekakemundhak becik, nanging malah mundhakala. 18Sabab, dhisike aku krungu, samangsakowe padha masamuwan, ing antaramuana pasulayan, mangka satengahe aku iyangandel. 19Awit ing antaramu pancen kuduana pasulayan, supaya ing mengko katitikasapa saka ing antaramu kang padha tumemen.20Manawa kowe padha masamuwan iku oranedya mangan bujanane Gusti. 21Sababnalikane padha kembul mangan iku, sabenwong ndhisiki njupuk pangane dhewe,satemah kang siji kaluwen, sijine mendem.22Apa kowe ora duwe omah dhewe kang kenakokenggo mangan lan ngombe? Apa kowepadha arep ngremehake pasamuwane GustiAllah, sarta mirangake wong kang padha

Page 737: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 11.23–32 34

ora deduwen? Apa ta kang arep daktuturakemarang kowe? Apa aku kudu ngalem kowe?Tumrap prakara iki, aku ora ngalem.23Sabab apa kang wis daktampa saka Gusti

iku, iya wus dakluntakake marang kowe,yaiku, yen Gusti Yesus, ing wayah benginalikane Panjenengane ndungkap kaulungake,mendhet roti, 24 lan sauwise saos sokur,tumuli dicuwil-cuwil sarta ngandika: “IkibadanKu, kan kaulungake marga saka kowe;iki padha tindakna minangka pangeling-elingmarang Aku!” 25Mangkono uga tuwunge,sawuse dhahar, pangandikane: “Tuwungiki prajanjian anyar kang kaecap kalawangetihKu. Saben-saben kowe padha ngombe,iku gawenen pangeling-eling marang Aku!”26Awit saben-saben kowe padha mangan rotiiki sarta ngombe ing tuwung iki, iku ategeskowe padha martakake sedane Gusti ngantitumeka ing rawuhe. 27Dadi sing sapa kanthisawiyah-wiyah anggone mangan roti sartangombe ing tuwunge Gusti, iku dosa marangsarira lan rahe Gusti. 28Mulane saben wongndadara awake dhewe, lan sawise mangkonolagi mangan roti lan ngombe ing tuwung iku.29Sabab sing sapa mangan sarta ngombe orakalawan ngakoni sarirane Gusti, iku bakalnekakake paukuman marang awake dhewe.30Mulane akeh ing antaramu kang padharingkih lan laranen, sarta ora sathithik kangpadha nemahi pati. 31Nanging manawa kitapadha ndadar awak kita dhewe, kita ora bakaltampa paukuman. 32Nanging manawa kita

Page 738: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 11.33–12.6 35

padha tampa paukuman saka Gusti, iku kitapadha kaperdi, supaya kita aja nganti kaukumbarengan karo jagad.33Mulane para sadulurku, samangsa kowe

padha klumpukan mangan, padha enten-ingentenana. 34Dene yen ana wong kang luwe,becike mangan dhisik ana ing omahe, supayaanggonmu padha kumpulan iku aja ngantinekakake paukuman. Mungguh bab-bab liyanebakal dakpranata besuk satekaku.

Peparing iku beda-beda, nangingSang Roh iku mung siji

12:1-11

121Saiki bab peparinge Sang Roh. Hepara sadulur, karepku kowe padha

nyumurupana ing sabenere. 2Kowe rakpadha sumurup, yen ing nalikane kowedurung padha wanuh karo Gusti Alah, tanpakokpikir kowe padha kagendeng marangbrahala-brahala kang bisu. 3Mulane kowepadha daksumurupake, yen ora ana wongkang calathune marga saka Rohe Gusti Allahkok bakal kandha: “Yesus kena ing ipat-ipat!”lan uga ora ana wong kang bisa ngakoni:“Yesus iku Gusti,” yen ora marga dening SangRoh Suci.4Peparing iku warna-warna, nanging Sang

Roh iku mung siji. 5Lan wujuding leladiiku rupa-rupa, nanging Gusti iku mung siji.6Apadene kang katindakake iku maneka

Page 739: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 12.7–13 36

warna, nanging Gusti Allah mung siji kangnindakake samubarang ana ing wong kabeh.7Nanging saben wong kaparingan wedharane

Sang Roh kanggo kapreluaning wong akeh.8Sabab, kang siji kaparingan dening Sang Rohganjaran bisa guneman kanthi kawicaksanan,sijine tampa peparing bisa guneman kanthikawruh iya saka Sang Roh iku uga. 9Kangsiji kaparingan pracaya, iya dening Sang Rohiku mau, lan sijine peparing bisa marasakeiya saka Panjenengane uga. 10Kang sijipeparing bisa nganakake mukjijat, sijnepamedhar wangsit, sijine maneh kabisanmbedak-mbedakake sawarnaning roh. Kangsiji kabisan calathu nganggo basa roh, sijinemaneh kabisan njarwakake basa roh mau.11Nanging iki mau kabeh katindakake deningSang Roh siji iku uga, kang paring ganjaranmarang sawiji-wijining wong dhewe-dhewe ingsakarsane.

Badan siji, gegelitane akeh

12:12-3112Sabab, kayadene badan iku siji, mangka

gegelitane akeh; sarta sakehe gegelitaningbadan iku sanadyan akeh, padha dadi badansiji; mangkono uga Sang Kristus. 13Marga kitakabeh dadia wong Yahudi, dadia wong Yunani;dadia batur tukon, dadia wong mardika,wus padha kabaptis dadi badan siji padhakaombenan ing tunggal Roh.

Page 740: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 12.14–24 3714Awitdene badan iku perangane rak ora

mung siji, nanging akeh. 15Saupama sikilcalathu mangkene: “Sarehne aku dudutangan, mulane aku ora klebu peranganingbadan,” apa bener yen sikil iku ora klebuperanganing badan? 16Lan saupama kupingcalathu mangkene: “Sarehne aku dudu mripat,mulane aku ora klebu peranganing badan,”kang iku apa iya bener yen kuping mauora klebu peranganing badan? 17Saupamabadan sakojur iku mung wujud mripat, banjurpangrungune ana ing ngendi? Saupamabadan sakojur iku mung wujud kuping,panggandane ana ing ngendi? 18NangingGusti Allah wus mrenahake gegelitan iku, ingpapane dhewe-dhewe ana ing badan, manuting sakarsane. 19Saupama kabeh iku maumung dadi perangan siji, banjur badane ikuana ing ngendi? 20Pancen perangane iku akeh,nanging badane mun siji.21Kang iku mripat ora kena calathu marang

tangan mangkene: “Aku ora butuh kowe.”Lan sirah ora kena calathu marang sikilmangkene: “Aku ora butuh kowe.” 22Malahperanganing badan kang ringkih dhewe, ikukang dibutuhake banget. 23Lan gegelitaningbadan kang miturut wawasan kita ora patiana ajine, iku padha kita paesi ngleluwihi.Sarta peranganing badan kita kang saru,iku padha kita rukti kalawan becik banget.24Dene perang-peranganing badan kita kangwus pantes iku ora prelu karukti mangkono.Ujer Gusti Allah anggone ndhapuk badan kita

Page 741: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 12.25–13.1 38

iku kalawan paring pangaji-aji kang linuwihmarang perangan kang rupane ora pantes,25 supaya ing sajroning badan aja ngantiana pasulayan, nanging kabeh perangankang beda-beda kaanane iku malah padhareksa-rineksaa. 26Mulane yen ana perangansiji kang lara, perangan liyane kabeh padhamelu ngrasakake; manawa ana siji kangingajenan, kabeh padha melu bungah.27Kowe iku padha dadi sarirane Sang Kristus,

sarta siji-sijine padha dadi perangane. 28LanGusti Allah wus netepake wong sawatara anaing pasamuwan: sapisan dadi rasul, kapindhodadi nabi, ping telune dadi guru. Sabanjureana kang kaparingan kabisan nganakakemukjijat, marasake, leladi, nenuntun, sartakabisan migunakake basa roh. 29Apa kabehiku dadi rasul utawa nabi utawa guru? Apakabeh mau padha tampa kabisan nganakakemukjijat, 30utawa marasake, utawa kabisanmigunakake basa roh utawa njarwakake basaroh?31Mulane padha nggayuha marang peparing

kang pinunjul dhewe. Anadene aku nuduhakekowe dalan kang luwih utama maneh.

Bab katresnan

13:1-13

131Sanadyan aku bisa ngucapakesarupaning basane manungsa lan

malaekat, nanging yen sepi ing katresnan,aku padha bae kaya gong kang ngumandhang

Page 742: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 13.2–12 39

utawa bendhe kang ngangkang. 2Sanadyanaku kadunungana peparing bisa medharwangsit, lan sumurup ing sakehe kawruh, lansanadyan aku duwe pangandel kang sampurnanganti bisa ngelih gunung, nanging yen akusepi ing katresnan, iku aku ora aji babar pisan.3Lan sanadyan aku ndanakna sabarang

darbekku kabeh, malah sanadyan akumasrahna badanku supaya diobong, nangingyen sepi ing katresnan, iku ora maedahiapa-apa marang aku.4Katresnan iku sabar; katresnan iku

loma, ora kumeren, ora gumunggung lankumenthus. 5Katresnan iku ora saru polahelan ora golek kepenake awake dhewe.Katresnan iku ora gampang nepsu lan oranyimpen kaluputaning liyan. 6Katresnan ikuora bungah awit saka anane tumindak kangora adil, nanging kayekten kang mbungahake.7Katresnan iku nutupi samubarang, ngandeling samubarang, ngarep-arep samubarang,nyabari samubarang.8Katresnan iku ora ana enteke: pamedhar

wangsit iku bakal ana pungkasane; basa rohbakal sigeg; kawruh bakal sirna. 9Awit kawruhkita iku ora ganep, lan pamedhar wangsitkita ora sampurna. 10Nanging satekane kangsampurna, kang ora sampurna iku bakal sirna.11Nalika aku isih bocah, gunemanku kayabocah, pangrasaku kaya bocah, pamikirkukaya bocah. Bareng saiki aku diwasa,kaananku kaya bocah mau wis dakbuwang.12Amarga kita saiki padha ndeleng gambar

Page 743: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 13.13–14.5 40

kang ora cetha ana ing pangilon, nangingbesuk kita bakal padha ndeleng adu arep.Ing saiki aku mung sumurup ora kalawansampurna, nanging besuk aku bakal sumurupkanthi sampurna, padha kaya anggonkukapirsanan.13Dadine kari telung prakara iki, yaiku:

pracaya, pangarep-arep lan katresnan,nanging kang pinunjul dhewe ing antaraneiku, yaiku: katresnan.

Sapisan maneh bab peparinge Sang Roh

14:1-25

141Padha nggayuha marang katresnan,lan ganjaran-ganjaran saka Sang

Roh, luwih-luwih peparing bab medharwangsit. 2Sapa kang ngucapake basa-roh,iku pangucape ora tumuju marang manungsananging marang Gusti Allah. Sabab oraana wong kang mangreti basane; wong ikupangucape bab-bab kang winadi, marga sakaSang Roh. 3Balik sapa kang medhar wangsitiku, anggone ngucap marang manungsaawujud pambangun, pitutur sarta panglipur.4Sing sapa calathu nganggo basa-roh ikumbangun awake dhewe; balik sapa kangmedhar wangsit iku mbangun pasamuwan.5Aku seneng bae manawa kowe kabeh padhabisa ngucap nganggo basa-roh, nanging luwihseneng maneh manawa kowe padha medharwangsit. Sabab sapa kang medhar wangsit ikuluwih migunani katimbang karo kang ngucap

Page 744: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 14.6–12 41

nganggo basa-roh, kajaba manawa wong ikuiya banjur nerangake jarwane uga, satemahpasamuwan kabangun.6Kang iku para sadulur, saupama aku nekani

kowe lan ngucap nganggo basa-roh, ikuapa paedahe tumraping kowe, manawa akuora mratelakake bab wedharaning Allah,apa kawruh, utawa pamedhar wangsit apapiwulang? 7 Iku padha bae karo piranti kangtanpa nyawa, nanging bisa muni, kaya tasuling lan clempung -- yen iku swaraneora beda, kapriye bisane wong nyumurupilagu apa kang diunekake ing suling utawaclempung mau? 8Utawa manawa swaraneslompret ora cetha, sapa kang bakal siyaga ingperang? 9Mangkono uga kowe, kang padhacalathu nganggo basa-roh: manawa kowe oramigunakake tembung-tembung kang cetha,kapriye bisane wong padha mangreti kangkokucapake? Dadine calathumu tanpa gunakaya nyalathoni angin!10Akeh warnane basa ing jagad iki, embuh

pira cacahe, ewasamono ora ana siji bae ingantarane basa-basa mau kang tanpa teges.11Nanging manawa aku ora ngreti marangbasa mau, aku rak ateges dadi wong mancatumraping wong kang migunakake basa iku,lan wong iku dadi wong manca tumraping aku.12Mangkono uga kowe: Kowe pancen padhanggayuh marang peparinge Sang Roh, nangingluwih becik maneh padha ngudia, supayakowe bisa migunakake kanggo pambanguningpasamuwan.

Page 745: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 14.13–21 4213Mulane sing sapa ngucapake basa-roh,

nyenyuwuna supaya bisa njarwakake. 14Sababyen anggonku ndedonga nganggo basa-roh,iku rohku kang ndedonga, nanging akalbudiku ora melu ndedonga. 15Kang iku apakang kudu daktindakake? Aku arep ndedonganganggo rohku, nanging aku uga ndedonganganggo akal-budiku; aku arep ngidung lanmemuji nganggo rohku, nanging ngidung lanmemuji nganggo akal-budiku uga. 16Sabab,manawa anggonmu muji sokur mung nganggorohmu, wong lumrah kang padha ana ingkono, kapriye anggone bisa ngamini pamujisokurmu iku? Wong mau rak ora padha ngretiapa kang kokucapake? 17Sabab sanadyanpamuji sokurmu iku iya becik banget, nangingwong liya ora kabangun.18Aku saos sokur marang Gusti Allah, dene

anggonku ngucapake basa-roh iku ngluwihikowe kabeh. 19Nanging ana ing pasamuwanaku luwih seneng ngucapake limang tembungkang bisa dimangreteni kanggo mulang wongliya, katimbang tembung pirang-pirang ewuing basa-roh.20Para sadulur, pikiranmu aja kaya bocah.

Nanging ing bab piala dikaya bocah, nangingpikiranmu dikaya wong diwasa. 21 Ing angger-anggering Toret ana tulisan mangkene:“Ingsun bakal mangandikani bangsa ikilumantar wong kang basane seje, sartalumantar lambene wong manca; ewasamonobangsa iku ora bakal ngrungokake marangIngsun, mangkono pangandikane Pangeran.”

Page 746: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 14.22–27 4322Dadine basa-roh iku minangka pratandhakanggo wong kang padha ora pracaya, orakanggo wong kang padha pracaya; denepamedhar wangsit iku minangka pratandhakanggo wong kang padha pracaya, ora kanggowong kang ora padha pracaya. 23Kang ikumanawa pasamuwan kabeh padha nglumpuk,lan saben wong padha calathu nganggobasa-roh, nuli ana wong jaba utawa wongkang ora pracaya padha lumebu, apa wongiku ora bakal padha ngarani, yen kowepadha ngomyang? 24Balik manawa kabehpadha medhar wangsit, nuli ana wong kangora pracaya utawa wong anyar lumebu, ikubakal kawelehake dening wong akeh, sartadititi-priksa dening wong akeh mau; 25 sakehewewadi kang sumimpen ana ing batine bakalkelair, satemah bakal sumungkem sujudmarang Gusti Allah sarta ngakoni: “SanyataGusti Allah ana ing tengah-tengahmu.”

Bab tatanan ing sajroning pasamuwan

14:26-4026Kang iku saiki kapriye, para sadulur?

Samangsa kowe padha kumpulan, saben wongpadha nyaosna pisungsung: kang siji masmur,sijine piwulang utawa wedharaning Allah,utawa peparing basa-roh, utawa njarwakakebasa-roh, nanging kabeh iku mau katindaknakanggo mbangun. 27Dene manawa ana kangngucap nganggo basa-roh, becike wong loroutawa keh-kehe wong telu bae, giliran, lan

Page 747: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 14.28–37 44

anaa siji kang njarwakake. 28Nanging manawaora ana wong kang bisa njarwakake, becikewong-wong mau ana ing pasamuwan padhamenenga bae, mung mosika ana ing atinedhewe, lan munjuk ana ing ngarsaning Allah.29Mungguhing nabi-nabi -- becike anaa

loro utawa telu saka ing antarane kangpadha medharake pitutur, dene liyane padhananggapana kang padha diwedharake mau.30Nanging manawa wong panunggalane kangpadha lungguhan iku ana kang kaparinganwangsit, prayogane kang dhisik iku menenga.31Ujer kowe kabeh padha bisa gentenanmedhar wangsit, satemah kowe padha olehpiwulang sarta oleh panglipur. 32Karodenerohing para nabi iku manut marang nabine.33Awit kang dadi keparenge Gusti Allah ikuora ngarsakake kaanan kang kisruh, nangingkang tata rukun.34Padha kaya ana ing sakehe Pasamuwane

para suci, yen pinuju kumpulan wongwadon padha menenga, marga padha oradiparengake guneman, nanging prelu padhasumuyud, kaya kang kapangandikakakeana ing angger-anggering Toret. 35Denemanawa kapengin nyumurupi apa-apa, becikepadha takona marang bojone ana ing omah.Awit ora pantes tumraping wong wadonmanawa guneman ana ing Pasamuwan. 36Apapangandikane Gusti Allah iku wiwite sakakowe? Utawa, apa tekane pangandika ikumung marang kowe dhewe? 37Manawa anawong kang rumangsa dadi nabi utawa kang

Page 748: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 14.38–15.6 45

kadunungan peparing karohanen, iku kudueling, yen apa kang dakpituturake marangkowe iku, dhawuhe Gusti. 38Nanging manawawong iku ora nggatekake, iya aja kokgatekake.39Mulane, para sadulurku, padha ngudiasupaya tampa peparing medhar wangsit,lan aja ngalang-alangi wong kang calathunganggo basa-roh. 40Nanging samubarangkabeh iku tumindaka kalawan patut lantumata.

Bab wungune Sang Kristus

15:1-11

151Para sadulur, ing saikine aku arepngelingake bab Injil kang wus

dakwartakake marang kowe, kang iya wuspadha koktampani, lan uga kokantepi. 2 IyaInjil iku kang dadi margane kowe padhakapitulungan rahayu, anggere kowe padhamantep anggonmu ngugemi, kaya kang wusdakwartakake marang kowe -- kajaba ta yenanggonmu padha manjing pracaya iku mungnglaha bae. 3Sabab kang wigati dhewe wusdakluntakake marang kowe, iya kaya kang wusdaktampani dhewe, yaiku yen Sang Kristuswus nglampahi seda marga saka dosa-dosakita, nyondhongi surasaning Kitab Suci,4manawa Panjenengane wus kasarekake,sarta ing telung dinane wus kawungokake,cundhuk karo surasaning Kitab Suci, 5apadenePanjenengane wus ngatingal marang Kefasnuli marang para sakabate rolas. 6Sawise

Page 749: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 15.7–14 46

iku, banjur ngatingal marang sadulur luwihsaka limang atus bebarengan; kang akehnganti saprene isih padha urip, salong iyawus padha mati. 7Nuli ngatingal marangYakobus, banjur marang para rasul kabeh.8Dene kang keri dhewe, ngatingal marangaku, padha kayadene marang anak kang lairdurung mangsane. 9Sabab aku iki kang asordhewe ing antarane para rasul, ora patutdisebut rasul, awit aku wus tau nguya-uyaPasamuwane Gusti Allah. 10Nanging margasaka sih-rahmate Gusti Allah, aku dadi kayaing sadadiku saiki iki, lan sih-rahmat kangkaparingake marang aku iku ora muspra.Sabab, aku wus nglakoni pagawean luwih akehkatimbang karo kancaku kabeh; mung baedudu aku, nanging sih-rahmate Gusti Allahkang nunggil kalawan aku. 11Kang iku, dadiaaku, dadia para kancaku, kaya mangkonoanggonku martakake, lan kaya mangkonoanggonmu padha pracaya.

Bab patangen kita

15:12-3412Anadene yen dakwartakake, manawa Sang

Kristus kawungokake saka ing antarane wongmati, yagene ing antaramu kok ana kangngarani manawa ora ana tangine wong mati?13Yen ta ora ana tangine wong mati, dadiSang Kristus iya ora kawungokake. 14Mangkamanawa Sang Kristus ora kawungokake,dadi pawartaku iku kothong lan pracayamu

Page 750: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 15.15–24 47

iya kothong. 15Malah aku iya banjur padhakatitik dadi goroh ing ngatase Gusti Allah,awit aku padha martakake, yen Panjenenganewus mungokake Sang Kristus, mangka oramungokake, iku mau saupama bener yen oraana wong mati katangekake. 16Sabab manawanyata wong mati ora katangekake, dadi SangKristus iya ora kawungokake. 17Lan manawaSang Kristus ora kawungokake, pracayamuiku dadi tanpa guna, lan kowe isih padhakawengku ing dosamu. 18Apadene mungguhpara wong kang wus padha mati ana ingSang Kristus, dadine iya padha nemahi tiwas.19Manawa anggon kita ngarep-arep marangSang Kristus iku mung ing sajrone urip iki bae,dadi kita kalebu wong kang cilaka dhewe ingantarane manungsa kabeh.20Nanging kang bener iku yaiku manawa

Sang Kristus wus kawungokake saka ingantarane wong mati, minangka kang wiwitansaka panunggalane kang wus padha mati.21Sabab, sarehne tekane pati iku marga sakawong siji, mangkono uga tangine wong matiiya marga saka wong siji. 22Awit padha kayaana ing Rama Adam wong kabeh padha mati,mangkono uga ana ing Sang Kristus wongkabeh iya bakal padha kauripake maneh.23Nanging saben wong manut urut-urutane:Sang Kristus minangka kang wiwitan, sawiseiku kang padha dadi kagungane, besuk ingsarawuhe. 24Sawuse mangkono banjur kangwekasan, yaiku samangsa Panjenenganemasrahake Kraton marang Gusti Allah Sang

Page 751: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 15.25–32 48

Rama, sawise Panjenengane nyirnakakesakehe paprentahan, panguwasa sartakakuwatan. 25Sabab Panjenengane mesthingratoni nganti tumeka sakehe mungsuhepadha dikurebake ana ing sangisoringsampeyane. 26Mungsuh kang pungkasan,kang disirnakake iku pati. 27Ujer samubarangkabeh wus ditelukake ing sangisoringsampeyane. Nanging yen ana pangandika:“Samubarang katelukake, dadi wus tetela yenkang nelukake samubarang kabeh marangPanjenengane iku mau mesthi ora kalebu.28Dene besuk samangsa samubarang kabehwus kalakon katelukake marang Sang Kristus,nuli Panjenengane piyambak kang jumenengPutra iku bakal nelukake sarirane marangkang nelukake samubarang kabeh marangPanjenengane mau, supaya Gusti Allahjumenenga ngabehi ing sakabehe. 29Yen oramangkono, apa paedahe nglakoni kabaptismarga saka wong mati? Manawa babar pisanora ana wong mati katangekake, sabab apadene padha gelem kabaptis marga saka wongmati iku? 30Lan uga aku kabeh -- yagene akusawayah-wayah padha gelem nemahi bebaya?31Para sadulur, sadina-dina aku mati. Demipanggunggungku ing ngatase kowe ana ingSang Kristus Yesus, Gusti kita, kandhaku ikibener. 32Yen ta cara manungsa, nalika ana ingEfesus aku nganti tarung karo kewan galak,bab iku apa ta paedahe mungguhing aku?Manawa wong mati padha ora katangekake,“payo padha mangan lan ngombe, awit sesuk

Page 752: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 15.33–42 49

kita padha mati.” 33Kowe aja padha kasasar:Sesrawungan kang ala iku ngrusak padatankang becik. 34Padha dieling maneh kangtemenan lan aja gawe dosa maneh! Sabab ingantaramu ana kang ora wanuh marang GustiAllah. Bab iki daktuturake, supaya kowe padharumangsa isin.

Bab tangine badan

15:35-5835Nanging bokmanawa ana wong kang

takon: “Wong mati iku kapriye anggonekatangekake? Lan tekane maneh nganggobadan kang kaya apa?” 36Heh wong bodho!Apa kang koksebar dhewe iku ora bakalthukul sarta urip, manawa ora mati dhisik.37Lan apa kang koksebar iku dudu wujudingtanduran kang bakal thukul, nanging wijilas-lasan, upamane wiji gandum utawa wijiliyane. 38Nanging Gusti Allah maringi wujud,kaya kang kinarsakake, saben wiji, kaparinganwujud dhewe. 39Sarupane daging iku orapadha: daging manungsa beda karo dagingkewan, beda karo daging manuk, beda karodaging iwak. 40Ana badan kaswargan lan anabadan kadonyan, nanging cahyane kang anaing swarga ora padha karo kang ana ing bumi.41Cahyaning srengenge beda karo cahyaningrembulan, sarta cahyaning rembulan bedakaro cahyaning lintang-lintang, lan cahyaninglintang kang siji beda karo cahyaninglintang sijine. 42Mangkono uga mungguh

Page 753: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 15.43–52 50

bakal tangine wong mati. Kang kasebar ikunandhang karusakan, kang katangekake ikusinandhangan kalanggengan. 43Kang kasebariku nandhang nistha, kang katangekakesinandhangan kamulyan. Kang kasebar ikunandhang kaapesan, kang katangekakekadunungan kakuwatan. 44Kang kasebar ikubadan kajiwan, kang katangekake iku badankasukman.Yen ana badan kajiwan, uga ana badan

kasukman. 45Kaya kang tinulis, wiraose:“Manungsa wiwitan, Adam, iku dadi titah kangurip. Adam kang wekasan iku dadi sukma kangnguripake.” 46Anadene kang dhisik tekane ikududu kang kasukman, nanging kang kajiwan,sawise iku nuli kang kasukman. 47Manungsakang kawitan iku asale saka lemah sarta asipatkadonyan, dene manungsa kang kapindhoasale saka ing swarga. 48Titah-titah kadonyaniku padha karo kang asale saka lemah mau,dene titah-titah kaswargan iku padha karoPanjenengane kang asale saka ing swarga.49Sarta kayadene kita wus kadunungan rupakadonyan, mangkono uga kita iya bakalkadunungan rupa kang saka ing swarga.50 Iki kang daktuturake marang kowe, para

sadulur: daging lan getih ora bisa tampapanduman Kratoning Allah, lan kang kenaing rusak iku ora tampa panduman kangora rusak. 51Padha gatekna, aku nglairakesawijining wewadi marang kowe: kita bakalpadha ora ngalami mati kabeh, nanging kitakabeh bakal padha malih rupa, 52 ing sakedhap

Page 754: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 15.53–16.1 51

netra, bareng karo unine kalasangka kangwekasan. Awitdene kalasangkane bakal muni,para wong mati banjur bakal katangekakekalawan kadunungan kaanan kang ora kenaing rusak lan kita padha malih rupa kabeh.53Sabab kang kena ing rusak iki kudu ngrasukkang ora kena ing rusak, lan kang kena ingpati iki ngrasuk kang ora kena ing pati. 54Lansawise kang kena ing rusak iki ngrasuk kangora kena ing rusak, sarta kang kena ing patiiki ngrasuk kangora kena ing pati, ing konobakal kayektenan pangandikaning Pangerankang tinulis, wiraose: “Pati wus kalebur ingkaunggulan.” 55Heh pati, ana ing ngendikaunggulanmu? Heh pati, ana ing ngendientupmu? 56Mungguh entupe pati iya iku dosa,lan pikuwate dosa iku angger-anggering Toret.57Nanging puji sokur konjuk ing ngarsaneGusti Allah, kang paring kaunggulan marangkita marga saka Gusti Yesus Kristus, Gustikita. 58Mulane para sadulurku kang kinasih,kowe padha dibakuh, ditanpa gingsir, lantansah di sregep anggonmu nglakoni ayahaneGusti! Awit kowe padha sumurup, yen ana ingpatunggilaning Gusti, kangelanmu mesthi oramuspra.

Pisungsung kanggopasamuwan Yerusalem

16:1-4

161Bab nglumpukake dana kang tumujumarang para suci, iku padha tindakna

Page 755: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 16.2–9 52

manut pituduh-pituduh kang wis dakwenehakemarang pasamuwan-pasamuwan ing tanahGalati. 2 Ing dina kapisan ing saben minggu,sawiji-wijining panunggalanmu -- adhedhasarapa kang padha koktampa -- padha nisihnasawatara lan simpenen ana ing omah, supayaanggonmu padha nglumpukake iku ajanganti lagi koktindakake samangsa aku teka.3Dene besuk satekaku, aku arep kongkonanwong-wong kang kokwawas prayoga dakkonngeterake pisungsungmu menyang Yerusalem,nganggo dakkantheni layang. 4Manawa preluaku iya melu mangkat, wong iku mau bakalpadha mangkat bareng karo aku.

Rancangane Rasul Paulus

16:5-95Dene anggonku bakal nekani kowe, besuk

sawise aku nratas ing tanah Makedhonia, awitlakuku metu ing Makedhonia. 6Bisa uga anaing Korinta aku bakal tetunggalan karo kowenganti sawatara suwe, utawa bokmanawaing sajrone mangsa bedhidhing, temah kowepadha bisa aweh pitulungan ing bab anggonkunerusake lakuku. 7Sabab karepku sapisan ikiora mung sakeplasan bae anggonku bakalniliki kowe, malah manawa Gusti marengakeanggonku tetunggalan karo kowe iku bisaanganti rada suwe. 8Nanging aku bakal lerenana ing Efesus nganti riyaya Pentekosta.9Marga ana ing kono, aku kawenganan lawangamba lan santosa, kanggo nindakake ayahan

Page 756: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 16.10–17 53

kang agung lan wigati, sanadyan akeh wongkang padha nglawan.

Katrangan sawatara

16:10-1810Dene samangsa Timoteus teka, padha

ngaraha supaya anggone ana ing satengahmuiku aja nganggo sumelang, sabab dhewekenglakoni ayahane Gusti padha kaya aku.11Mulane aja nganti ana wong kangnyepelekake! Malah wenehana pitulungan,amrih bisaa nerusake lakune kanthi slamet,supaya bali nemoni aku, awit dakanti-antitekane karo para sadulur liyane. 12Denemungguh sadulur Apolos, anggonkumrayogakake wus bola-bali supaya nilikanakowe bareng karo para sadulur liyane, nangingora bisa ngleksanani ing wektu saiki. Sedyanearep teka mengko yen wis ana longgaringwektu kang becik.13Padha meleka! Dibakuh ing pangandel!

Dipadha lanang, disantosa! 14Sakehingayahanmu lakonana kanthi katresnan. 15Anamaneh panjalukku marang kowe, para sadulur.Kowe padha sumurup yen Stefanus sabrayateiku kang kawitan padha mratobat ana ingtanah Akhaya, sarta wus cumawis ngladenipara suci. 16Mulane padha manut miturutamarang wong kang kaya mangkono iku lansaben wong kang melu tumindak ing gawesarta padha nglakoni rekasa. 17Aku bungahawit saka tekane Stefanus, Fortunatus lan

Page 757: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 KORINTA 16.18–24 54

Akhaikus, awit iku padha nyukupi apa kangdadi kekuranganmu; 18 sabab para sadulur ikupadha gawe ayeming atiku lan atimu. Mulanepadha ngajenana wong kang kaya mangkonoiku.

Salam

16:19-2419Sakehe pasamuwan ing tanah Asia-Cilik

padha kirim salam marang kowe kabeh.Akwila, Priska dalah pasamuwan kang ana ingomahe padha kirim salam mawantu-wantumarang kowe. 20Sadulur kabeh padha kirimsalam marang kowe. Padha salam-salamanakalawan pangambung suci.21Kalawan tanganku dhewe, aku nulis iki:

Salam saka Paulus.22Sapa kang ora tresna marang Gusti, iku

kenaa ing ipat-ipat. Maranata!23Sih-rahmate Gusti Yesus, nunggila ing

kowe kabeh.24Tresnaku anaa ing kowe kabeh sajroning

patunggilane Sang Kristus Yesus.

Page 758: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA

Salam

1:1-2

11Saka Paulus, kang awit saka karsaningAllah dadi rasule Sang Kristus Yesus,

lan saka Timoteus sadulur kita, marangpasamuwaning Allah ing Korinta karosakabehing won suci ing sawrtanin tanahAkahya.2Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti

Allah, Rama kita, lan saka Gusti Yesus Kristusanaa ing kowe kabeh.

Pangucap sokur

1:3-113Pinujia Gusti Allah, kang Ramane Gusti

kita Yesus Kristus, Rama kang kebak sihpalimirma lan Gusti Allah kang dadi sumberingpanglipur, 4kang nglipur aku kabeh ingsajroning kasusahanku, satemah aku bisanglipur wong-wong kang nandhang sarupaningkasusahan kanthi panglipur peparinge GustiAllah marangaku dhewe. 5Sabab kayaanggonku padha nampani panduman ingsangsarane Sang Kristus kalawan luber,samono uga marga saka Sang Kristus akupadha kaparingan panglipur nganti luber. 6Yen

Page 759: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA 1.7–11 2

aku padha nemu kasusaha, iku dadi panglipurlan karahyonmu; dene yen aku padha kalipur,iku iya dadi panglipurmu, satemah kowepadha oleh kakuwatan kang njalari kowepadha sabar ing sajroning kasangsarankang padha kaya kang daksandhang. 7Lanpangarep-arepku tumrap kowe iku tetep, awitaku padha sumurup, manawa padha kayaanggonmu melu kapanduman kasangsarankukabeh, kowe iya padha melu kapandumanin panglipur. 8Sabab karepku para sadulur,supaya kowe padha sumurupa mungguhingsangsara kang dakalami ana ing tanahAsia-Cilik; aku padha nandhang sangsarakang samono gedhene lan abote, ngantiakupadha ora duwe pangarep-arep yen bisaurip. 9Malah aku kabeh rmangsa kaya wuskapatrapan paukuman pati. Nanging babiku anggone kalakon supaya aku aja padhanganti ngandelake marang awakku dhewe,nanging ngemungna marang Gusti Allah kangnangekake para wong mati. 10Panjenenganewus nguwalake lan bakal nguwalakeaku kabeh saka ing pati kang nggegirisibanget iku: iya marang Panjenengane ikuanggonku nggantungake pangarep-arep,yen Panjenengane bakal ngluwari akukabeh maneh, 11marga kowe uga mbiyantuaku kabeh kanthi pandonga, supaya akehwong kang padha saos sokur mungguhingsih-rahmat kang kaparingake marang akukabeh, marga saka akehe pandongane tumrapaku.

Page 760: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA 1.12–18 3

Owah-owahan ing rangane Rasul Paulus

1:12--2:412 Iki kang dakagung-agungake, iya iku

paseksene rumangsaning atiku, yen lakukuana ing jagad iki, apa maneh ing babgegayutanku karo kowe, iku marga sakadayaning temen lan murni kang saka ingAllah, ora marga saka dayaning kawicaksankadonyan, nanging marga saka sih-rahmatingAllah. 13Sabab kang padha daktulis iki mungapa kang bisa kokwaca sarta kokmangreteni.Lan pangarep-arepku muga-muga kowe padhabisa mangreti nganti sapantoge, 14kayadeneanggonmu wis padha mangreti sawatara sakaaku, yaiku yen kowe bakal ngegung-egungakeaku, kayadene anggonku iya bakal padhangegung-egungake kowe besuk, in dinaneGusti Yesus.15Lelandhesan keyakinan iki, aku maune

wus tau ngrancang nekani kowe, supayakowe oleha sih-rahmat kang kaping pindhone.16Banjur arep nerusake lakuku menyanging tanah Makedhonia, saka ing tanahMakhedonia bali maneh menyang nggonmu,lan kalawan pitulunganmu aku bisa neruakelakuku menyang ing tanah Yudea. 17Dadi, apaanggonku ngrancang mangkono iku tanpapikiran? Utawa apa mung manut pepenginankudhewe, temahan aku banjur duwe ujar “iya,iya” lan “ora, ora”? 18Demi Gusti Allahkang setya tuhu, janjiku marang kowe ora

Page 761: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA 1.19–2.3 4

“iya” lan “ora”. 19Awit Gusti Yesus Kristus,Putraning Allah, kang wus dakwartakake anaing antaramu, iya aku lan Silwanus sartaTimoteus, dudu “iya” lan “ora”, nangingkosokbaline ana ing Panjenengane iku kangana mung “iya”. 20Sabab Sang Kristus iku“iya” tumraping sakehe prasetyane GustiAllah. Iya iku sababe anggon kita margasaka Panjenengane, banjur ngucap “Amin”minangka kamulyaning Allah. 21SababPanjenengane kang wus nyantosakakeaku kabeh bebarengan karo kowe ana ingpatunggilane Sang Kristus, yaiku Gusti Allahkang wus njebadi, 22 lan wus maringi tandhacap marang kita yen kita iku dadi kagunganelan kang maringi Sang Roh Suci ana ingati minangka panjer. 23Nanging aku nyebutmarang Gusti Allah minangka seksiku --Panjenengane iku nguningani aku -- manawaanggonku ora sida teka ing Korinta ikusabab aku ngeman kowe. 24Ora marga sakaanggonku kapengin mrentah, apa kang kudukokpracaya, awit pracayamu santosa. Nangingaku padha kapengin melu mbiyantu nenangiing kabungahanmu.

21 Ing sajroning atiku aku wus netepake,manawa kita ora bakal nekani kowe maneh

kalawan susah. 2Awit, manawa aku kanggawe sedhihmu, sapa maneh kang bisa gawebungahku kajaba kang padha sedhih margasaka aku. 3Lan yaiku karepe layangku iki,yaiku supaya manawa aku teka, aja nganti akusedhih marga saka wong-wong, kang kudune

Page 762: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA 2.4–11 5

padha gawe bungahku. Sabab aku yakin ingbab kowe kabeh, manawa kabungahanku ikuiya kabungahanmu uga. 4Sabab anggonkunulis marang kowe iku ana ing satengahingkasusahan lan sumpeking ati kang bangetlan kanthi ngruntuhake luh akeh, ora supayakowe dadi sedhih, nanging supaya kowe padhasumurup sapira gedhene katresnanku marangkowe kabeh.

Pangapura marang wong kang kaluputan

2:5-115Dene manawa ana wong kang gawe sedhih,

iku dudu atiku kang digawe sedhih, nangingkowe kabeh, utawa saora-orane -- supayaanggonku kandha ora dakbangetake -- wongsawatara ing antaramu. 6Wong kang kayamangkono iku wus cukup kaelikake deningwong akeh ing antaramu, 7malah kosokbalinekowe padha ngapuraa lan nglipura wongiku, supaya aja nganti ngenes marga sakabangeting susahe. 8Mulane pituturku marangkowe kabeh, supaya kowe padha nanduknakatresnan marang wong mau. 9Awit iya ikutujuane anggonku nulis layang marang kowe,yaiku kanggo ndadar kowe, apa kowe padhatetep mituhu ana ing samubarang kabeh.10Awit sapa kang kokapura kaluputane, iku iyadakapura. Sabab yen aku ngapura -- saupamaana kang kudu dakapura -- anggonku ngapuraiku marga saka kowe ana ing ngarsaneSang Kristus, 11 supaya Iblis aja nganti oleh

Page 763: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA 2.12–17 6

kauntungan kang tumuju marang kita, sababkita sumurup apa kang dikarepake.

Was sumelang lan kaleganepenggalihe Rasul Paulus ana ing kutha

Troas lan ing tanah Makedhonia

2:12-1712Nalikane aku tekan ing Troas prelu

martakake Injile Sang Kristus, aku wuskawenganan lawang dening Gusti ana ingkana. 13Nanging atiku ora rumangsa jenjem,sabab aku ora kepethuk karo sadulur Titus,mula aku banjur pamitan lan mangkatmenyang ing tanah Makedhonia.14Nanging puji sokur konjuk ing Gusti Allah,

kang ana ing patunggilane Sang Kristustansah nuntun aku kabeh ana ing dalaningkaunggulane. Lan lumantar aku arumingkawruh tumrap Panjenengane sumebaring saenggon-enggon. 15Awit kagem GustiAllah aku kabeh iki dadi gandaning arumSang Kristus ana ing tengah-tengahingwong kang padha nemu karahayon lanana ing antarane wong kang padha nemukarusakan. 16Tumrap kang nemu karusakan,aku kabeh iki gandaning pati kang tumekaing pati, lan tumrap kang nemu karahayongandaning urip kang nguripake. Nanging sapata kang kaconggah nglakoni ayahan kangkaya mangkono iku? 17Awit aku kabeh orapadha karo wong liya kang akeh-akeh, kangpadha mburu kabegjan saka pangandikaning

Page 764: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA 3.1–6 7

Allah. Kosokbaline ana ing Sang Kristusaku padha ngucap ing samesthine kanthikekarepan-kekarepan kang murni awit sakadhawuhing Allah lan ana ing ngarsane.

Para abdining prajanjian kang anyar

3:1-18

31Apa aku wiwit ngalem marang awakkudhewe maneh? Utawa apa prelu aku

kaya wong-wong liya nuduhake layangpangalembana marang kowe utawa sakakowe? 2kowe iku layang pangalembanakukang katulis ing atiku lan kang disumurupisarta kang bisa kawaca dening wong kabeh.3Awit wus tetela, manawa kowe iku layangeSang Kristus, kang daktulis ing sajrone akupadha leladi, katulis ora nganggo mangsi,nanging nganggo Rohe Gusti Allah kang asipatgesang, dudu ing papan watu, nanging ingpapan daging, yaiku ing atine manungsa. 4 Iyakaya mangkono iku gedhening kayakinankumarang Gusti Allah marga saka Sang Kristus.5Manawa aku dhewe ora bisa nganggepapa-apa iku pagaweanku dhewe; ora,anggonku bisa nindakake apa-apa iku margasaka pakaryaning Allah. 6Panjenengane uagkang wus mbisakake aku padha dadi abdiningprajanjian anyar, kang ora saka angger-anggerkang katulis, nanging saka Roh, sababangger-angger kang katulis iku mateni, deneRoh iku nguripake.

Page 765: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA 3.7–16 87Pranatan leladi kang nuntun marang pati iku

katulis ing watu kalawan aksara. Ewasamononalika kaparingake sinartan kamulyaningAllah, kang njalari wong Israel padha orabetah nyawang marang wedanane Nabi Musa,marga kadunungan kamulyan, sanadyankamulyan mau bakal sirna, 8mendahanemaneh ayahan ing Roh yen oraa kadunungankamulyan kang ngluwihi iku. 9Awit, manawaayahan kang nekakake paukuman iku luhur,mendahane maneh ayahan kang ngolehakekabeneran yen oraa ngluwihi kamulyane.10Satemene apa kang biyen kaanggep luhur,iku dudu apa-apa manawa katandhingake karokamulyan kang pinunjul iki. 11Awit manawakang bisa sirna bae kinanthenan kamulyan,apamaneh kang tetep ora sirna yen oraakinanthenan kamulyan kang ngluwihi iku.12Sarehne aku padha duwe pangarep-arep

kang kaya mangkono, mulane aku padhatumindak kanthi kebak ing kakendelan,13ora kaya Nabi Musa, kang nganggo nutupiwedanane, supaya mripate wong-wong Israelaja nganti padha ndeleng ilanging cahyanekang mung sadhela anane iku. 14Nangingbudine wong-wong iku wus padha dadi kethul,sabab nganti ing dina iki tutup iku mau isihtetep nutupi wong-wong mau, pamacaningprajanjian lawas tanpa kaungkapan, margamung Sang Kristus piyambak kang bisangicali tutup iku. 15Malah nganti ing dina iki,saben maca kitab Musa, isih ana tutup kangnutupi atine. 16Nanging wong kang mratobat

Page 766: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA 3.17–4.5 9

marang Gusti, iku tutupe banjur kasingkirake.17Awit Gusti iku Sang Roh; lan ing ngendi anaRohing Allah ing kono ana kamardikan. 18Lankita kabeh iki padha ngatonake kamulyaneGusti kalawan rai kang ora katutupan kayaana ing pangilon sarta padha kasalinan rupamadhani pasemone iku kalawan kamulyankang mundhak-mundhak, kang asale sakaGusti kang asipat Roh.

Rajabrana rohani ing grabah

4:1-15

41Kang iku sarehne aku wus padha nampaniayahan iki, marga saka sih-palimirmane

Gusti Allah, mulane atiku ora nganti kemba.2Ananging aku padha nampik sakehingpanggawe dhedhelikan kang nistha; akuora tumindak kanthi paekan lan ora malsupangandikaning Allah, nanging aku nglairakekayekten lan awit saka iku aku masrahakeawakku supaya ditimbang-timbang deningwong kabeh ana ing ngarsane Gusti Allah.3Manawa Injil kang dakwartakake isih meksakatutup uga, mesthi iku katutup tumrap wongkang bakal padha nemu karusakan, 4yaikuwong kang ora pracaya, kang angen-angenewus dipicakake dening allahe jaman iki,temahan wong mau ora padha ndelengcahyaning Injile kamulyane Sang Kristus,kang dadi citrane Gusti Allah. 5Awit kangdakwartakake iku dudu awakku dhewe,nanging Gusti Yesus Kristus kang jumeneng

Page 767: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA 4.6–14 10

Gusti, lan aku kang padha dadi abdimu margasaka karsane Gusti Yesus. 6Awit Gusti Allahkang wus ngandika, “Saka ing pepeteng bakalana pepadhang kang sumorot!” iku uga kangnyorotake pepadhang ana ing ati kita, supayakita kapadhangan ing kawruh bab kamulyaneGusti Allah kang katingal ana ing wedananeSang Kristus.7Nanging rajabrana kita iki kawadhahan ing

grabah, supaya tetelaa manawa kakuwatankang ngedab-edabi iku asale saka ing GustiAllah, dudu saka awakku dhewe. 8Mungguhingsamubarang aku ki padha katindhes, nangingora kejepit; aku padha kentekan akal, nangingora kelangan pangarep-arep; 9aku padhadikuya-kuya, nanging ora ditinggal ijen, akupadha kabanting, nanging ora nemu bilai.10Ana ing ngendi-endi aku tansah padhanandhang sangsarane sedane Gusti Yesusing badanku, supaya gesange Gusti Yesusuga kawedhar ana ing badanku. 11Awit akukang isih urip iki, tansah kaulungake marangpati marga saka Gusti Yesus, supaya gesangeGusti Yesus kawedhar ing badanku kang oralanggeng iki. 12 Iya mangkono iku anggone sipati nandukake dayane ana ing badanku lanurip nandukake dayane ana ing kowe.13Nanging sarehne aku padha kadunungan

rohing pracaya kang padha, kaya ing tulisan,“Aku wus kumandel, mulane aku wus ngucap,”mulane aku iya pracaya lan marga saka ikuaku uga ngucap. 14Awit aku padha sumurupmanawa Panjenengane kang wus mungokake

Page 768: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA 4.15–5.3 11

Gusti Yesus, iya bakal nangekake aku ugabareng karo Gusti Yesus. Lan bebarengan karokowe kabeh kasowanake ing ngarsane. 15Awitiku kabeh kalakone marga saka kowe, supayasih-rahmat kang sangsaya mundhak gedhe,marga sangsaya akehe wong kang manjingpracaya, ndadekna sangsaya lubere pangucapsokur kang konjuk ing kaluhuraning Allah.

Aja semplah atimu, ugamanawa ngadhepi pati

4:16--5:1016Marga saka iku aku ora rumangsa semplah,

malah sanadyan ta kamanungsanku kang lairsangsaya rusak, nanging kamanungsankukang batin kaanyarake saben dina. 17Awitdenesangsaraku kang entheng saiki iki, ikungolehake kamulyan marang aku kangngluwihi samubarang kabeh, banget anggonengungkuli kasangsaranku. 18Marga kangdakgatekake dudu kang katon, nanging kangora katon, awit kang katon iku anane sawataramangsa, mangka kang ora katon iku langgeng.

51Awit aku padha sumurup, manawa omahkita tarub ing bumi iki kabongkar, Gusti

Allah wus nyawisake panggonan ing swargakanggo kita, kang langgeng, kang ora kagawedening tanganing manungsa. 2Salawe kitaana ing tarub iki, kita padha nggresah, margakita kapengin banget ngenggoni yeyasankang ana ing swarga, 3kang ngungkuli papanpanggonan kita kang saiki iki, ana ing kono

Page 769: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA 5.4–11 12

kita ora bakal tinemu wuda. 4Sabab salawaseisih manggon ing tarub iki, kita nggresahlan kabotan, awit kita kapengin nganggosadhangan kang anyar iku, ora nganggo cuculsandhangan kang lawas, supaya kang kenaing pati kauntala dening urip. 5Nanging GustiAllah kang malah nyadhangake kita marangbab iku, lan kang maringi Roh marang kitaminangka panjering samubarang kang wuskacawisake marang kita.6Awit saka iku atiku tansah padha tatag,

sanadyan aku padha ngreti, manawa salawaseaku padha manggon ing sajroning badaniki, isih adoh karo Gusti, -- 7 sabab urip kitaiki sarana pracaya, ora sarana ndeleng --8nanging atiku padha tatag, lan aku kabehmalah seneng ngalih saka ing badan iki lanmanggon ing jero ndherek Gusti. 9Margasaka iku aku padha ngudi, sajrone akupadha manggon ing badan iki, utawa anaing sajabane, supaya aku padha ndadeknaing kaparenge. 10Sabab kita kabeh kudupadha ngadhep ana ing ngarsane dhamparingpangadilane Sang Kristus, prelu nampaniganjaran kang cundhuk karo kang padha kitalakoni dhewe-dhewe sajrone urip iki, dadiakang becik, dadia kang ala.

Ayahaning karukunan

5:11-2111Kang iku sarehne aku padha sumurup ing

bab wedi marang Gusti, mulane aku ngudi

Page 770: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA 5.12–18 13

ngyakinake wong-wong. Tumrap Gusti Allahsedyaku iku wus cetha, lan pangarep-arepkuuga mangkonoa tumrap kowe kabeh. 12Awitaku ora padha mbecikake awakku dhewemaneh marang kowe, nanging aku padhaaweh margane kowe bisa ngegung-egungakeaku kabeh, supaya kowe bisa ngadhepi parawong kang gumunggung mungguhing lair,ora mungguhing batin. 13Sabab manawaaku ora bisa ngemudheni dhiri, iku margasaka anggonku nindakake ayahaning Allah,lan saupama bisa, iku marga saka kowe.14Sabab iya sih katresnane Sang Kristus kangmbereg marang aku kabeh, awit aku wuspadha sumurup, manawa wong siji wus matikanggo wong kabeh, dadine kabeh wus padhamati. 15Lan Sang Kristus wus nglampahi sedakanggo wong kabeh, supaya wong kang padhaurip, uripe ora lumadi marang awake dhewemaneh, nanging lumadia marang kang wusseda lan kang wus kawungokake marga sakawong-wong mau.16Mulane wiwit saiki aku ora padha mbobot

sawiji-wijia wong maneh manut ukuraningmanungsa. Lan manawa aku wus padha taumbobot Sang Kristus cara kadagingan, saikiaku ora padha mbobot Panjenengane kanthipatrap mangkono maneh. 17Dadi sapa kangana ing Sang Kristus, iku dadi titah anyar:kang lawas wus sirna, lan kang anyar pranyatawus teka. 18Lan kabeh iku pinangkane sakaGusti Allah, kang lumantar Sang Kristus wusngrukunake kita kalawan Panjenengane lan

Page 771: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA 5.19–6.4 14

kang wus masrahake ayahan karukunaniku marang aku kabeh. 19Awit Gusti Allahlumantar Sang Kristus ngrukunak jagadkaro Panjenengane Piyambak, ora ngetangpanerake, lan masrahake pawarta karukunaniku marang kita.20Mulane aku iki iya padha dadi utusane

Sang Kristus kaya-kaya Gusti Allah paringpitutur marang kowe kabeh lumantar aku;atas Asmane Sang Kristus panjalukku marangkowe: padha gelema karukunake karo GustiAllah. 21Panjenengane kang ora tepang karodosa wus kadosakake marga saka kita, supayaana ing Panjenengane kita kabenerake deningGusti Allah.

Rasul Paulus ing ayahane

6:1-10

61Anadene aku iki ing sarehne padha dadikanca tunggal ayahan, pituturku marang

kowe kabeh, supaya aja nganti padha gawemuspraning sih-rahmate Gusti Allah, kang wuskoktampani. 2Sabab Gusti Allah ngandika:“Ing mangsa kang ngremenake Ingsun

wus miyarsakake sira, lan ing dinanekarahayon Ingsun wus mitulungi sira.”

Satemen-temene, iya wektu iki wektu kangngremenake iku; iya dina iki dinane karahayoniku. 3 Ing prakara apa bae aku ora padha gawedhadhakan wong padha kesandhung, supayaanggonku padha leladi aja nganti dicacad.4Nanging ing sadhengah prakara aku nelakake

Page 772: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA 6.5–13 15

manawa aku iki padha abdining Allah,yaiku: kebak kasabaran, sajroning nandhangsangsara, ing karupekan, lan ing reribed,5 ing sajrone kasiksa, kakunjara lan pageger,rekasa, kepeksa melek, lan kepeksa ngelih;6 ing kasucening ati, ing kawruh, kasabaran,lan kadarman; ing Sang Roh Suci lang ingsih katresnan kang salugu; 7 ing sajroningmartakake kabeneran lan panguwaosingAllah; kanthi migunakake gegamaningkaadilan kanggo nempuh utawa nanggulangi8nalika diaji-aji lan nalika diremehake; nalikadiundhat-undhat utawa nalika dialem; nalikakadakwa dadi juru apus, nanging dipracaya,9kaya wong kang ora ana kang wanuh,nanging kondhang; kaya wong kang meh mati,mangka padha urip, kaya wong kang disiksananging ora mati, 10kaya wong kang sedhih,nanging tansah bungah-bungah, kaya wongkang mlarat nanging nyugihake wong akeh;kaya wongkang ora duwe apa-apa, nangingaku padha nduweni samubarang kabeh.

Bab kasucen

6:11--7:111Aku wus kandha kanthi blak-blakan

marang kowe, atiku menga amba tumrapkowe, he wong Korinta! 12Kowe iku padhaoleh papan kang jembar ana ing atiku,nanging aku mung koksadhiyani papan kangrupek ana ing atimu. 13Mulane saiki, supayapadha-padha, -- anggonku pitutur iku kaya

Page 773: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA 6.14–7.1 16

marang anak-anakku --: Atimu wengaknakang ngeblak! 14Aja nganti kowe padha dadirakitan kang ora timbang karo wong kang orapracaya. Sabab kabeneran iku ana gegayutaneapa karo duraka? Utawa kapriye bisanepepadhang tetunggalan karo pepeteng? 15Apaana jumbuhe Sang Kristus karo Belial iku?Panduman apa kang diduweni bebarengandening wong kang pracaya lan ing wong kangora pracaya? 16Apa gegayutane padalemaneGusti Allah karo brahala? Awit kita iki padhadadi padalemane Gusti Allah kang gesangkayadene kang dipangandikake dening GustiAllah mangkene:“Ingsun bakal dedalem bebarengan karo

wong-wong mau,lan gesang ana ing tengah-tengahe,lan Ingsun bakal dadi Allahe,lan dheweke bakal padha dadi umat ingSun.17Mulane:Sira padha metua saka ing wong iku,lan sira misaha, mangkono pangandikane

Pangeran,lan aja padha nggepok senggol samubarang

kang najis,tumuli sira bakal padha Suntarimah.18Lan Ingsun bakal dadi Ramanira,sarta sira bakal padha dadi putraningSun

lanang lan wadon.Mangkono pangandikane Pangeran, Kang

Mahakuwasa.”

71Kang iku sarehne kiat kaparinganprasetya-prasetya mau, para kekasih,

Page 774: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA 7.2–7 17

mulane payo kita padha nucekake badankita saka sarupaning jejembering daginglan ing roh, lan kalawan mangkono kitanyampurnakake kasucen kita ing sajronewedi-asih marang Gusti Allah.

Bungah sawuse susah

7:2-162Aku padha wenehana papan ana ing atimu;

aku ora tau kaluputan karo wong, ora gawepitunaning wong lan uga ora ngasil-asilmarang wong. 3Anggonku kandha mangkonoiku ora marga saka arep matrapi paukumanmarang kowe, awit mau wus dakkandhakake,manawa kowe wus oleh papan ana ing atiku,temahan kita bareng urip lan bareng mati.4Karo kowe iku aku blak-blakan banget, lanuga banget anggonku ngegung-egungakekowe. Sajrone aku padha nandhang susah, akukebak panglipur, lan kaluberan kabungahan.5Nalika aku padha teka ing tanah

Makedhonia, aku padha ora bisa tentrem.Malah ana ing ngendi-endi aku padha nemukasusahan: ing jaba tarung lan ing jerowas-sumelang. 6Nanging Gusti Allah kangnglipur marang wong kang padha lembah atineiku wus nglipur aku kabeh marga saka tekaneTitus. 7Ora marga saka tekane bae, nanginguga marga saka panglipur kang dialamiana ing tengah-tengahmu. Awit dhewekewus nyritakake marang aku mungguhingkangenmu, panggresahmu, katemenanmu

Page 775: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA 7.8–13 18

anggonmu mbelani aku, temahan saya wuwuhkabungahanku.8Dadi sanadyan aku wus gawe sedhihmu

marga saka layangku, nanging aku orakaduwung. Pancen aku tau kaduwung,marga aku sumurup manawa layang ikunyedhihake atimu, sanadyan mung sawataramangsa, 9nanging saiki aku bungah, oramarga anggonmu wus sedhih, nangingmarga kasedhihanmu iku njalari kowemratobat: sabab anggonmu padha sedhih ikunyondhongi ing karsane Gusti Allah, temahansathithik bae kowe ora dakrugekake. 10Sababkasusahan kang nyondhongi karsaning Allahiku nuwuhake pitobat kang nuntun marangkarahayon kang ora gawe getun, nangingkasusahan kang saka ing jagad iki nuwuhakepati. 11Sabab padha gatekna: kasedhihankang nyondongi karsaning Allah iku malahmarakake kowe padha temen banget, malahnuwuhake panjawab, gela, wedi, kasregepan,pameleh! Ing bab iku kabeh kowe wus padhanelakake manawa ora kaluputan ing prakaraiku.12Mulane, anggonku wus nulis layang

marang kowe, iku ora marga saka ana wongkang luput, utawa marga saka ana wongkang nandhang susah, amarga kapanduking kaluputaning liyan mau, nanging supayatetelaa tumrap kowe gumatimu marang akuana ing ngarsane Gusti Allah. 13 Iya margasaka iku aku padha kalipur.

Page 776: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA 7.14–8.4 19

Lan kajaba saka panglipur iku, akupadha saya bungah maneh amarga sakakabungahane Titus, sabab kowe kabeh wuspadha ngayemake atine. 14Sabab manawa akunglairake pangalembana tumrap kowe marangTitus iku kowe ora gawe gelaku; nangingpadha kaya anggonku tansah ngandhakakeapa kang bener marang kowe, samono ugapangalembanaku ana ing ngarepe Titus iku iyawus kayektenan temenan. 15Lan katresnanemarang kowe saya mundhak gedhe, yenngelingi marang pamanutmu kabeh, kapriyeanggonmu nampani tekane kalawan wedilan geter. 16Aku bungah banget, dene akubisa kumandel marang kowe ing samubarangprakara.

Ayahan sih katresnan

8:1-15

81Sadulur-sadulur, aku padha aweh weruhmarang kowe bab sih-rahmat kang

kaparingake marang pasamuwan-pasamuwaning tanah Makedhonia. 2Awit sajroning tampapacoban kang abot kang awujud kasangsaranmawarna-warna, kabungahane ngluwihi, lansanadyan padha miskin banget, ewasamonongluberake kasugihaning kamurahane.3Sabab aku nyumurupi yen wong iku wuspadha weweh manut kakuwatane, malahngluwihi kakuwatane. 4Sarta metu sakaprentuling atine dhewe padha njaluk kanthibanget marang aku, supaya dakolehake

Page 777: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA 8.5–11 20

melu ing ayahan ngladeni marang para suci.5Dene kang padha dipasrahake iku ngluwihipangiraku, awit nganti padha nyaosake awakedhewe marang Gusti Allah dhisik, sabanjureiya marang aku kabeh uga awit saka karsaneGusti Allah. 6Awit saka iku aku ngatag marangTitus, supaya nekani kowe lan ngrampungakeayahan katresnan, kang biyen wus diwiwitiiku. 7Mula saikine, padha kaya anggonmuwus sugih ing samubarang, -- ing pracaya,ing pamicara, ing kawruh, ing tumemenmuanggonmu mbiyantu, lan ing sih-katresnanmumarang aku kabeh -- samono uga kowe iyapadha pinunjula ing ayahan sih-katresnan iki.8Anggonku mituturi mangkono iku ora ateges

prentah, nanging mung marga saka anggonkukapengin neter kaeklasaning sih-katresnanmukalawan nuduhake sakehing pambudidayanewong-wong kang padha aweh pambiyantu.9Marga kowe wus padha sumurup marangsih-rahmate Gusti kita Yesus Kristus, yaikumanawa Panjenengane, kang amarga sakakowe dadi mlarat, sanadyan Panjenenganeiku sugih, supaya kowe dadia sugih margakamlaratane.10 Iya iki panemuku tumrap bab iku, kang

bokmanawa maedahi tumrap kowe. Pancenwus wiwit taun kang kapungkur anggonmuwiwit nindakake lan sumedya ngrampungakeuga. 11Mulane saiki, rampungna kangkoktindakake iku! Wondene anggonmungrampungake iku cundhukna karo eklasingatimu sarta tindakna kalawan ngelingi sapira

Page 778: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA 8.12–19 21

kang kokduweni. 12Awit manawa anggonmuweweh iku kalawan eklas, pawewehmu ikumesthi bakal ditampani, manawa pawewehmuiku awewaton apa kang kokduweni, oraawewaton apa kang ora kokduweni.13Awit anggonmu dieboti iku ora supaya

wong liya padha kaenthengna, nangingsupaya dadia timbang. 14Mulane becike saikikaluwihanmu kanggoa nyukupi kakuranganingliyan, supaya kaluwihaning liyan mengko gentikanggo nyukupi kekuranganmu, temahanbanjur dadi satimbang. 15Kaya kang katulisan:“Wong kang oleh akeh, ora turah lan kang

oleh sathithik ora kurang.”

Titus diutus

8:16-2416Nanging puji sokur konjuk marang Gusti

Allah, kang maringi katemenan kang kayamangkono uga ana ing atine Titus ing babanggone mbiyantu kowe, 17dene nganti nurutipanjalukku, malah saka bangeting tumemeneanggone tumindak ing gawe, banjur metusaka karepe dhewe mangkat nemoni kowe.18Lakune dakkantheni sadulur kita, kangwus oleh pangalembanane pasamuwankabeh bab anggone nggelarake Injil. 19Lanora mung iku bae! Sadulur mau uga wuskapiji dening pasamuwan-pasamuwankanggo ngancani anggonku padha nindakakeayahan sih-katresnan iki, kang daktindakake

Page 779: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA 8.20–9.2 22

minangka kauhuraning Gusti lan minangkacihnaning legawane atiku.20Sabab aku kabeh padha arep nyingkiri

bab iki: yen ana wong kang nacad anggonkunindakake ayahan sih-katresnan kang woheakeh banget iku. 21Awit aku padha mrelokakekang utama, ora mung ana ing ngarsane Gustibae, nanging uga ana in ngareping wong.22Karodene wong loro mau padha

dakkantheni sadulur kita, kang wus dakteterlan kacihna anggone tansah mbudidayambiyantu, lan saiki saya banget anggonembudidaya marga saka gedhening piandelemarang kowe. 23Dene Titus, iku kancakulan rewangku nyambut-gawe kanggo kowe;lan sadulur-sadulurku liyane iku padhadadi utusaning pasamuwan-pasamuwanlan minangka kaluhurane Sang Kristus.24Awit saka iku chinaning katresnanmu lanpanglembanaku marang kowe kabeh ikutuduhna marang para sadulur mau ana ingngareping pasamuwan-pasamuwan.

Nglumpukake dana kanggo Yerusalem

9:1-5

91Dene bab leladen marang para suciora susah aku nulis maneh marang

kowe. 2Sabab aku wus sumurup mungguhlegawaning atimu, mulane kowe padhadakalembana ana ing ngarepe wongMakedhonia. Tembungku: “Akhaya wuscecawis wiwit taun kang kapungkur.” Lan

Page 780: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA 9.3–8 23

kasregepanmu wus dadi pangatag-atagtumrap wong akeh. 3Nanging anggonkukongkonan sadulur-sadulur iku supayapangalembanaku marang kowe aja ngantitinemu tanpa guna, nanging supaya tetelaaanggonmu nyata-nyata cecawis kaya kangwus dakkandhakake, 4 supaya, manawa wong-wong Makedhonia teka bareng karo aku, ajanganti nyumurupi anggonmu durung cecawis,satemah aku kabeh -- supaya ora ngaranikowe kabeh -- rumangsa padha kawiranganing bab kayakinanku iku. 5Mulane dakpikirprelu, yen sadulur-sadulur iku dakpurihmangkat dhisik, supaya bisa ngurus dhisikpaweweh kang wus dadi kasaguhanmu biyen,temahan mengko wus cumawis minangkatandha-buktine kamurahaning atimu lan dudupaweweh peksan.

Weweh kanthi suka-rilaiku nggawa berkah

9:6-156 Iki gatekna: Wong kang nyebar sathithik,

bakal ngeneni sathithik, lan wongkang nyebarakeh, bakal ngeneni akeh. 7Saben wongpawewehe dikaya kang dadi rilaning atine, ajakanthi sedhih utawa marga kapeksa, awit GustiAllah iku ngasihi wong kang pawewehe kanthisuka-rila. 8Lan Gusti Allah kuwaos ngluberakesawernaning sih-rahmat marang kowe kabeh,supaya kowe padha tansah kacukupan ingsamubarang lan padha linuwihna anggonmu

Page 781: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA 9.9–15 24

nglakoni sarupaning panggawe becik. 9kayakang katulisan:“Panjenengane ngedum-edum,Panjenengane maringi marang wong miskin,kaadilane tetep ing salawas-lawase.”

10Panjenengane kang nyawisake winih kanggokang nyebar, lan roti kanggo pangan, iku ugabakal nyawisi winih marang kowe lan ditikelakesarta nuwuhake pametuning kabeneranmu;11kowe bakal disugihake ing sarupaningkamurahaning ati kang nuwuhake pangucapsokur konjuk marang Gusti Allah margasaka aku. 12Awit ayahan katresnan kang isipitulungan iki ora mung nyukupi kabutuhanepara suci bae, nanging uga ngluberake pamujisokur marang Gusti Allah. 13Lan marga sakaanggonmu mantep ing sajroning leladi iki,wong iku padha ngluhurake Gusti Allah awitsaka sumuyuding panganggepmu marangInjile Sang Kristus lan marga saka murahingatimu ing bab anggonmu ngedum samubarangkaro wong-wong iku lan karo wong kabeh.14Sarta maneh kowe iya padha didongakakelan dikangeni marga saka sih-rahmate GustiAllah kang lumuber marang kowe. 15Puji sokurkonjuk marang Gusti Allah marga saka sihpeparinge kang ora kena winirasa iku!

Page 782: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA 10.1–7 25

Rasul Paulus ngekahiwewenanging karasulane

10:1-11

101Aku Paulus, wong kang ora wani apa-apa yen adu-arep karo kowe, nanging

wani marang kowe yen adoh, aku ngelingakekowe demi Sang Kristus kang alus panggalihelan rumaket. 2Panjalukku marang kowe: koweaja meksa aku ngatonake kuwanenku ana ingngarepmu kayadene niyatku arep tumindakkeras marang wong-wong saweneh kang ngiramanawa uripku iku padha nurut kadagingan.3Aku kabeh iki pancen isih urip ana ing donya,nanging aku ora padha perang cara kadonyan,4awit gegamaning perangku iku dudugegaman kadonyan, nanging gegaman kangkadunungan panguwaosing Allah, kang bisanjugrugake baluwarti. 5Aku padha nyirnakakeothak-athiking budi lan saben tanggul kangdiedegake dening kumalungkunging manungsakanggo ngalang-alangi pangawruh marangAllah, sarta padha mbandhangi sarupaningpangangen-angen, daktelukake marang SangKristus, 6apamaneh aku padha rumantibakal ngukum sakehing duraka, manawapamanutmu wus dadi sampurna.7Sawangen kang temenan apa kang katon!

Yen ana wong kang yakin temenan, manawadadi kagungane Sang Kristus, iku supayamikir ing sajroning atine, yen aku uga padhadadi kagungane Sang Kristus kaya dheweke.

Page 783: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA 10.8–14 268Malah yen aku rada keladuk anggonkungegungake wewenang kang diparingakedening Gusti marang aku kabeh kanggombangun, ora kanggo ngrusak kowe, akuora bakal wirang. 9Nanging aku emoh yenkatone kaya-kaya aku arep medeni kowesrana layang-layangku. 10Awit, gunemewong, layang-layange pancen anteb lan keras,nanging yen adu-arep katon ora sapiraa lantembung-tembunge remeh. 11Nanging wongkang kandha mangkono iku kudune mangretimanawa anggonku tumindak samasa adu-arep, padha bae karo tembung-tembungku inglayang-layangku, samasa aku ora adu-arep.

Pamanggihe Rasul Paulustumrap sarirane piyambak

10:12--11:612Pancen aku padha ora wani nggolongake

utawa nandhing awakku karo wong-wongkang ngalem awake dhewe. Wong iku ngukurawake nganggo ukurane dhewe lan nandhingawake mung karo awake dhewe. Bodho bangetwong iku! 13Kosokbaline aku padha ora gelemngegungake dhiri nganti ngluwihi wates,nanging mung tetep ing sajroning watesingayahan kang wus katetepake dening GustiAllah kanggo aku kabeh, nganti tekan ingkowe uga. 14Sabab anggonku martakake InjileSang Kristus wus tekan ing panggonanmu,dadine aku ora ngliwati watese wilayahingpagaweanku kaya-kaya durung tekan ing

Page 784: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA 10.15–11.4 27

panggonanmu. 15Aku ora padha ngegungakepagawean kang dilakoni dening wong liya,ana ing wilayah pagawean kang ora kanggoaku, nanging pangarep-arepku, manawapracayamu saya mundhak, aku bakal olehpakurmatan luwih gedhe maneh ana ingantaramu, yen katandhing karo wilayahpagawean kang katemtokake kanggo aku.16 Iya, uripku iki pancen supaya padha bisamartakake Injil menyang ing laladan kangluwih adoh katimbang karo laladanmu, lan orangegung-egungake wohing pagawean kangwus katindakake dening liyan ana ing wilayahekono dhewe.17 “Nanging sapa kang ngegung-egungake,

iku ngegungna ing Pangeran.” 18Awit duduwong kang ngalem awake dhewe kangtanggon, nanging wong kang dialem deningPangeran.

111 Iba becike yen kowe padha sabaring bab anggonku tanpa budi ing

sawatara iku. Pancen kowe padha nyabarimarang aku! 2Sabab aku butarepan ingngatase kowe kalawan butajenganing Allah.Awit kowe wus padha dakpacangake karowong lanang, kang nuntun kowe kayadeneprawan suci marang Sang Kristus. 3Nangingaku sumelang bokmanawa angen-angenmukasasarke saka kasetyanmu kang sejatimarang Sang Kristus, padha kaya Ibu Kawakablithuk dening ula sarana kajuligane. 4Awitkowe mung sabar bae yen ana wong tekamartakake Gusti Yesus kang beda karo apa

Page 785: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA 11.5–11 28

kang wus dakwartakake, utawa aweh rohkang beda karo kang wus koktampani utawaInjil kang beda karo kang wus koktampani.5Nanging manut panemuku sathithik baeaku ora kalah karo rasul-rasul kang pinunjuliku. 6Dadia aku cupet ing pamicara, nangingora mangkono ing bab kawruh, awit ikusaben-saben lan ing sadhengaha prakara wuspadha dakpratelakake marang kowe.

Rasul Paulus ora nggalihmarang sarirane piyambak

11:7-337Apa aku kaluputan manawa aku ngasorake

awakku dhewe kanggo ngluhurake kowe,marga aku martakake Injile Gusti Allahmarang kowe tanpa pituwas? 8Pasamuwan-pasamuwan liya wus dakrampog srananampani pitulunge, supaya aku bisa ngladenikowe! 9Karomaneh nalika aku ana ingtengah-tengahmu nandhang kakurangan,aku ora gawe rubeding wong, awit apa kangkurang wus dicukupi dening para sadulurkang teka saka ing tanah Makedhonia. Ingsamubarang prakara dakjaga aja nganti dadigawemu, lan sateruse aku bakal mangkono.10Demi kaleresane Sang Kristus kang anaing aku, dakantebake kandhaku manawapanggunggungku iku ora bakal kaalang-alangan dening wong ana ing tlatah-tlatahAkhaya. 11Sababe apa ora? Apa marga aku

Page 786: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA 11.12–20 29

wus ora tresna marang kowe? Gusti Allah kangnguningani.12Nanging apa kang daktindakake bakal

dakterusake kanggo nyegah marang wongkang padha golek jalaran kanggo nuduhake,yen padha kaya aku sakanca ing sajroningprakara kang bisa diegung-egungake. 13Awitwong-wong kang mangkono iku rasul-rasulpalsu, wong kang padha tumindak cidra,kang rewa-rewa dadi rasule Sang Kristus.14Prakara iku ora nggumunake, sababIblis uga mindha-mindha dadi malaekatingPepadhang. 15Dadi dudu prakara kang aneh,manawa batur-bature uga mindha-mindhadadi abdi-abdine kabeneran. Kawusananebakal cundhuk karo panggawene.16Dakbaleni maneh: aja ana wong kang

ngarani aku tanpa budi. Dene manawa koweuga nganggep mangkono, aku tampananakayadene wong kang tanpa budi, supayaaku bisa gumunggung sawatara. 17Apa kangdakkandhakake, iku anggonku ngandhakakeora kaya wong kang calathu manutpangandikaning Allah, nanging kayadene wongkang tanpa budi, kang nduweni kayektenanmanawa bisa ngalembana. 18Awit akehwong kang nglairake panggunggung carakadagingan, aku kapengin ngalembana uga.19Sabab kowe padha gelem nyabari wongkang tanpa budi, marga kowe iku padhapinter. 20Awit kowe sabar, manawa anawong nganggep kowe batur tukon, manawaana wong meres kowe, manawa ana wong

Page 787: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA 11.21–29 30

ngereh kowe, manawa ana wong ngetokakegumunggunge marang kowe, manawa anawong napuk kowe. 21Aku kudu ngakonikalawan isin banget, yen ing bab kang kayamangkono iku aku kabeh padha apes.Sanadyan mangkono manawa ana wong kang

wani ngegung-egungake sawijining prakara --calathuku iki ing sajroning kabodhoanku --aku iya wani uga! 22Apa wong-wong iku wongIbrani? Aku iya wong Ibrani! Apa wong-wongiku wong Israel! Aku iya wong Israel! Apawong-wong iku trahe Rama Abraham? Aku iyatrahe Rama Abraham! 23Apa wong-wong ikuabdine Sang Kristus? -- calathuku iki kayawong gemblung -- aku luwih maneh! 24Akudigebugi dening wong Yahudi kaping patangpuluh kurang siji nganti ambal kaping lima,25aku disapu ambal kaping telu, aku dibenturiwatu apisan, kaping telu aku nunggang praukerem, sadina sawengi aku kompal-kampulana ing tengah sagara. 26Lakuku kerepdiancam ing bebaya banjir lan ing bebayabegal, bebaya saka wong Yahudi lan sakawong-wong kang dudu wong Yahudi, bebayaana ing kutha, bebaya ana ing pasamunan,bebaya ana ing tengah sagara, lan bebayasaka kang padha mindha-mindha sadulur.27Aku kerep rekasa lan nyambut gawe abot;aku kerep melek; luwe lan ngelak, aku kereppasa, katisen lan kawudan 28 lan ora susahnyebutake prakara liyane maneh, urusankusadina-dina, yaiku ngopeni pasamuwan kabeh.29Yen ana wong rumangsa apes, apa aku

Page 788: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA 11.30–12.4 31

ora rumangsa melu apes? Yen ana wongkesandhung, apa atiku ora remuk deningsedhih?30Manawa ana prelune aku kudu

gumunggung, aku bakal gumunggung ingbab kaapesanku. 31Gusti Allah RamaneGusti Yesus, Gusti kita, kang pinuji ngantisalawas-lawase, pirsa, manawa aku oar goroh.32Ana ing kutha Damsyik wali-nagarane SangPrabu Aretas ndhawuhake njaga kuthanewong-wong Damsyik, karsane nyepeng aku.33Nanging aku kaudhunake nganggo kranjangmetu ing cendhela, menyang sajabanebaluwarti, temah aku oncat saka ing astane.

Rasul Paulus tampi tetingalan lan wahyu

12:1-10

121Aku kudu gumunggung, sanadyan ikupancen ora ana paedahe, ewasamono

aku arep martakake bab tetingalan lanwahyu-wahyu kang daktampa saka GustiAllah. 2Aku weruh sawijining wong Kristen;patbelas taun kapungkur -- embuh ingsajroning badan, aku ora mangreti, embuhing sajabaning badan, aku ora ngreti, GustiAllah kang nguningani -- wong iku dumadakandiangkat menyang ing tataran kang katelu ingswarga. 3Aku iya weruh wong iku, -- embuhing sajroning badan embuh ing sajabaningbadan, aku ora ngreti, Gusti Allah kangnguningani -- 4dumadakan diangkat menyanging Pirdus lan dheweke krungu pangandika

Page 789: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA 12.5–10 32

kang ora kena dikandhakake, kang ora kenakaucapake dening manungsa. 5 Iya wong ikukang dakegung-egungake, nanging awakkudhewe ora bakal dakegung-egungake, kajabamung bab kaapesanku. 6Awit saupamane akuarep ngegungake awak, aku ora bakal tanpabudi maneh, awit aku ngandelake kabeneran.Nanging atiku dakpekak, supaya aja ana wongkang ngukur awakku luwih saka apa kangdideleng ana ing aku utawa kang dirungu sakaaku.7Lan supaya aku aja ngunggul-unggulake

awak marga saka anane wahyu-wahyu kanglinuwih iku, aku banjur kaganjar eri ingdagingku, yaiku sawijining kongkonane Ibliskang dikon mbitheni aku, supaya aku ajanganti ngunggul-unggulake awak. 8Mungguhbab iku aku wus kaping telu ngaturakepanyuwun marang Gusti, supaya kongkonaneIblis iku sumingkira saka aku. 9Nangingparing wangsulane Gusti marang aku: “Sih-rahmatingSun iku nyukupi marang sira, awitkuwasaningSun iku malah kasampurnakakeana ing sajroning kaapesan.” Awit saka iku akuluwih seneng ngegung-egungake kaapesanku,supaya panguwaose Sang Kristus dumunungana ing aku. 10Mulane aku seneng lan rila anaing kaapesanku, ing sajroning kasiksa, ingkaribedan, ing panguya-uya lan karupekanmarga saka Sang Kristus. Awit yen aku apes,iku aku kuwat.

Page 790: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA 12.11–16 33

Was-sumelange Rasul Paulus

12:11-2111Aku wus dadi tanpa budi temenan,

nanging kowe kang padha meksa marangaku. Benere aku kokalembana. Awit sanadyanaku ora ana tegese babar pisan, nanginging samubarang kabeh aku ora kalah karopara rasul kang pinunjul iku. 12Titikaneyen aku dadi rasul iku wus kacihna ana ingantaramu kalawan sakehing sabar-mantep,kalawan pratandha-pratandha, mukjijat-mukjijat lan kasekten-kasekten. 13Sababkakuranganmu apa yen katandhing karopasamuwan-pasamuwan liyane kajaba mungsaprakara, yaiku manawa aku dhewe oranganti dadi gawemu? Anggonku ora adil ikiapuranen! 14Satemene iki wus kang kapingtelune anggonku cecawis arep nemoni kowe,lan aku ora bakal dadi gawemu. Awit dudubarang darbekmu kang dakgoleki, nangingkowe dhewe. Marga dudu anak-anak kangpadha wajib nglumpukake bandha kanggowong tuwane, nanging wong tuwa kanggoanak-anake. 15Awit saka iku aku kalawanbungah ngetohake barang darbekku, malahngetohake awakku kanggo kowe kabeh. Dadimanawa aku banget tresnaku marang kowe,masa iya saya suda anggonku ditresnani?16Ya pancen mangkono, aku dhewe ora

dadi gawemu, nanging kandhamu, sarehneaku iki julig, kowe dakpikat kalawan akal.

Page 791: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA 12.17–21 3417Dadi apa wus tau aku njupk kauntungansaka kowe lumantar sawijining wong sakaing antarane wong-wong kang dakkongkonnemoni kowe? 18Pancen aku wus njaluk tulungmarang Titus supaya mangkat lan aku banjurakon sadulur liyane iku supaya ngancanidheweke. Apa Titus njupuk kauntungan sakakowe? Apa aku sakloron ora lumaku manutroh kang padha, lan apa aku sakloron oralumaku manut cara kang padha? 19Wuskepara suwe anggonmu padha ngira, manawaaku bakal mbenerake awakku dhewe anaing ngarepmu. Nanging aku kandha ana ingngarsane Gusti Allah lan demi Sang Kristus,yen kabeh iku, sadulur-sadulur kang kinasih,tumindake kanggo mbangun pracayamu.20Awit aku sumelang, manawa besuk samasaaku teka, kowe ora padha tinemu kaya kangdakkarepake lan kowe ketemu aku oa kayakang padha kokkarepake. Aku sumelang ingbab anane pasulayan, kamerenan, brangasan,mung mikir awake dhewe, pitenah, panyaturala, kumenthus, lan rerusuh. 21Aku sumelangmanawa aku teka maneh, Allahku bakalngesorake aku ana ing ngarepmu, sarta akubakal ngrudatin awit dening wong akeh kanging wektu kapungkur padha nglakoni dosa lanaku bakal susah banget, marga anane wongakeh, kang dhek biyen padha nglakoni dosamangka durung mratobat, ninggal panggawekang jember, laku jina lan pamblunthah kangpadha dilakoni.

Page 792: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA 13.1–6 35

Pitutur-pitutur pungkasan

13:1-10

131 Iki kang kaping telune anggonkunemoni kowe: Sahing prakara iku

manawa wus ana katrangane saksi loroutawa telu. 2Para wong kang ing wektu kangkapungkur padha nglakoni dosa, lan sakehewong liyane, wus dakkandhani luwih dhisiklan bakal dakkandhani sapisan engkas --saiki sajrone aku adoh karo kowe kabehpadha kaya nalika tekaku kang kapindho-- manawa aku teka maneh aku ora bakalngeman sapa bae. 3Marga kowe kapengintandha yekti, yen Sang Kristus ngandikalumantar aku. Lan Panjenengane iku oraapes ana ing ngarepmu, malah nindakakepanguwaose ana ing antaramu. 4Sababsanadyan Panjenengane wus kasalib margasaka kaapesan, nanging gesang awit sakapanguwaose Gusti Allah. Pancen aku kabehiki apes ana ing Panjenengane, nanging bakalpadha urip bebarengan karo Panjenenganemarga saka panguwaose Gusti Allah kanggokowe. 5Dadaren awakmu dhewe, apa kowepadha lestari dumunung ing pracaya. Titinenawakmu! Apa kowe ora yakin tumrapingawakmu, manawa Sang Kristus Yesusdumunung ana ing kowe? Awit yen oramangkono, kowe dadi tampikan. 6Nangingpangarep-arepku, kowe bakal padha sumurupmanawa dudu aku kang padha dadi tampikan.

Page 793: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 KORINTA 13.7–14 367Pandongaku marang Gusti Allah, supayakowe aja nindakake piala, ora supaya akupadha katitika kanggo, nanging supaya kowepadha nglakonana apa kang becik, sanadyanaku dhewe katona padha kaya dadi tampikan.8Marga aku kabeh padha ora bisa nglakoniapa-apa kang nyulayani kabeneran, nangingkang bisa daklakoni yaiku kang cundhuk karokabeneran. 9Awit aku padha bungah, manawaaku apes lan kowe padha rosa. Dene kangpadha daksuwun, yaiku supaya kowe dadisampurna. 10Yaiku sababe anggonku sapisaniki nulis saka ing kadohan, supaya manawaaku mengko ana ing antaramu, aku orakapeksa tumindak kereng miturut wewenangkang kaparingake dening Gusti marang aku,kanggo mbangun, ora kanggo ngrusak.

Salam

13:11-1311Wasana, para sadulurku, padha bungaha,

udinen supaya awakmu sampurna. Tampananasakehing pituturku. Padha disarujuk, lanpadha olaha atut-rukun, temahan Gusti Allahetuking sih katresnan lan tentrem-rahayubakal nunggil karo kowe!12Padha sesalamana kalawan pangambung

suci. 13 (13-12b) Sakehe para suci kirim salammarang kowe kabeh.14 (13-13) Sih-rahmate Gusti Yesus Kristus,

lan sihe Gusti Allah tuwin patunggilane SangRoh Suci, anaa ing kowe kabeh!

Page 794: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

GALATI

Salam

1:1-5

11Saka Paulus, rasul kang ora awit sakamanungsa, uga ora dening manungsa,

nanging dening Gusti Yesus Kristus lan GustiAllah, Sang Rama, kang wus mungokakePanjenengane saka ing antarane wongmati, 2 lan saka sakehe sadulur kang dadikanthiku, marang pasamuwan-pasamuwaning tanah Galati: 3Sih-rahmat anaa ing kowelan tentrem-rahayu saka Gusti Allah, Ramakita, lan saka Gusti Yesus Kristus, 4kang wusmasrahake sarirane krana dosa-dosa kita,supaya kita diluwarana saka ing jagad alakang saiki iki, manut karsane Gusti Allahlan Rama kita, 5kang sayogya kaluhurna ingsalawas-lawase! Amin.

Mung ana Injil siji

1:6-106Aku gumun, dene kowe enggal temen

padha nyingkur Panjenengane, kang margasih-rahmate Sang Kristus wus nimbali kowe,sarta banjur kelu marang injil liyane, 7kangsatemene dudu Injil; mung ana wong sawatarakang mbingungake kowe lan kang sumedya

Page 795: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

GALATI 1.8–14 2

nginger-inger Injile Sang Kristus. 8Nangingsanadyan, ta, aku kabeh, utawa sawijiningmalaekat saka ing swarga martakake marangkowe injil kang beda karo Injil kang wus padhadakwartakake marang kowe, iku kenaa inglaknat! 9Kaya anggonku wus padha mituturibiyen, saiki iku dakkandhakake sapisanmaneh: manawa ana wong kang martakakemarang kowe kabeh injil kang beda karo kangwus koktampani, iku kenaa ing laknat! 10Dadikapriye saikine: kang dakgoleki iku karepemanungsa apa karsane Gusti Allah? Apa akungudi gawe senenge manungsa? Saupama akuisih kapengin gawe senenge manungsa, dadiaku dudu abdine Sang Kristus.

Bab kapriye anggoneRasul Paulus dadi rasul

1:11-2411Amarga kowe padha daksumurupake,

sadulur-sadulur, mungguh Injil kangdakwartakake iku dudu injiling manungsa.12Awit anggonku nampani ora saka manungsa,lan iya dudu manungsa kang mulangakebab iku marang aku, nanging marga sakapamangsite Gusti Yesus Kristus. 13Sababkowe wus padha krungu bab uripku biyen anaing wewengkone agama Yahudi: luwih deningbanget anggonku nguya-uya lan ngrusakPasamuwaning Gusti Allah. 14Lan ing babagama Yahudi aku ngluwihi kanca-kancabarakanku kang akeh-akeh ing antarane

Page 796: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

GALATI 1.15–24 3

bangsaku; aku dadi wong kang sregepbanget ngleluri adat-tata-carane paraleluhurku. 15Nanging bareng Panjenengane,kang wus miji aku wiwit aku isih ana ingguwagarbaning ibuku, lan nimbali aku margasaka sih-rahmate, 16kepareng mbabarakeKang Putra ana ing aku, supaya akumartakake Panjenengane ana ing antaranebangsa-bangsa kang dudu bangsa Yahudi, akuora njaluk tetimbanganing manungsa; 17akuuga ora lunga menyang Yerusalem nemonipara wong kang wus dadi rasul sadurungeaku, nanging aku menyang tanah Arab, lansaka ing kono bali maneh menyang ing kuthaDamsyik. 18Sawuse telung taun aku banjurmenyang Yerusalem prelu nemoni Kefas, lanaku nginep ing omahe limalas dina. 19Nangingaku ora ketemu rasul liyane siji-sijia, kajabaYakobus, sadhereke Gusti. 20Aku ora gorohana ing ngarsane Gusti Allah, apa kangdaktulis iki temenan. 21Sawise iku aku banjurmenyang ing laladane tanah Siria lan Kilikia.22Nanging pasamuwan-pasamuwane SangKristus ing Yudea tetep ora padha sumurupmarang rupaku. 23Mung padha krungu, yenwong kang biyen nguya-uya wong-wongmau, saiki martakake iman kang biyen diarahsirnane. 24Lan wong-wong mau banjur padhangluhurake Gusti Allah marga saka aku.

Page 797: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

GALATI 2.1–7 4

Rasul Paulus diakoni dening para rasul

2:1-10

21Sawuse mangkono, bareng wus luwihsaka patbelas taun, aku menyang

Yerusalem maneh karo Barnabas, dene Titusuga dakajak. 2Anggonku mrana mau awitsaka kaparingan wangsit. Lan sadulur-saduluring kono padha dakkandhani bab Injil kangdakwartakake ana ing antarane para bangsadudu bangsa Yahudi -- sajroning rerembugandhewekan karo para kang kajen keringan--, supaya aja nganti tanpa gawe anggonkumbudi-daya lan wus mbudi-daya iku. 3NangingTitus kang bebarengan karo aku iku, sanadyanta wong Yunani, ewasamono ora dipeksa tetak.4Pancen ana pandhesek saka sadulur-sadulurpalsu kang padha nyusup mlebu, yaiku kangnyusup saprelu ngulat-ulatake kamardikankita kang kita duweni ana ing Sang KristusYesus, supaya kanthi mangkono padha bisangawulakake kita. 5Nanging sathithik baeaku padha ora gelem mundur lan emohteluk marang wong-wong mau, supayakayektene Injil bisa tetep ana ing kowe.6Lan mungguh para wong kang kaanggepkajen keringan iku -- kapriye mungguhkelenggahane biyen, iku ora prelu tumrapaku, sabab Gusti Allah ora mawas wongkang kajen iku ora mbubuhi apa-apa manehmarang aku. 7Nanging kosokbaline, sawusewong-wong iku padha ngreti manawa aku wus

Page 798: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

GALATI 2.8–13 5

dipracaya martakake Injil marang wong-wongkang ora tetak, padha kaya Petrus kanggowong-wong kang tetak 8 -- awit Panjenenganekang wus maringi kakuwatan marang Petrusminangka rasul tumrap wong-wong kangtetak, -- Panjenengane uga kang wus maringikakuwatan marang aku kanggo wong-wongkang ora tetak. 9Lan sawuse nyumurupisih-rahmat kang kaparingake marang aku,Yakobus, Kefas lan Yokanan, kang kaanggeppadha dadi saka-guruning pasamuwan, banjursesalaman karo aku lan Barnabas minangkapratandhaning patunggalan, supaya akumaranana marang wong-wong kang oratetak, lan dheweke padha marang para wongtetakan; 10mung aku kabeh kudu tansaheling marang wong-wong miskin lan panceniya iku kang padha dakprelokake kalawantemen-temen.

Rasul Paulus mabeni Rasul Petrus

2:11-1411Nanging nalika Kefas teka ing Antiokhia,

tanpa tedheng aling-aling dakpadoni, sababdheweke luput. 12Awit sadurunge ana wongsawatara saka golongane Yakobus teka,dheweke kembul mangan karo sadulur-sadulurkang ora tetak, nanging satekane wong-wongmau, dheweke mundur lan misah marga wedimarang sadulur kang tetak. 13Lan para wongYahudi liyane uga melu-melu tumindak lamiskaya dheweke, dalah Barnabas dhewe iya

Page 799: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

GALATI 2.14–17 6

banjur kelu. 14Nanging bareng aku ngretitumindake iku ora cocog karo kayektene Injil,aku pitutur marang Kefas ana ing sangarepewong kabeh: “Manawi panjenengan, tiyangYahudi, gesang kadosdene tiyang ingkangboten tepang kaliyan Gusti Allah tuwinboten kados tiyang Yahudi, kadospundi denepanjenengan kok badhe meksa sadherek-sadherek ingkang boten tetak supados gesangkados tiyang Yahudi?”

Bab kang baku, uga kanggowong Kristen turunan Yahudi

2:15-2115Kita sadaya punika tiyang Yahudi asli sanes

tiyang dosa saking bangsa-bangsa sanes.16Panjenengan sami nguningani bilih botenwonten tiyang satunggal-satunggala kemawoningkang kaanggep leres margi sakingnglampahi angger-anggering Toret, nangingnamung amargi pitados dhumateng ing SangKristus Yesus. Pramila kita ugi sampun pitadosdhumateng Sang Kristus Yesus, supadoskita sami kaanggep leres, amargi sakingpitados dhumateng Sang Kristus lan botenmargi saking nglampahi angger-anggeringToret. Awit: “boten wonten tiyang satunggal-satunggala ingkang kaanggep leres”, amarginglampahi angger-anggering Toret. 17Nangingmanawi kita piyambak ing salebeting ngudisupados kaanggep leres wonten ing SangKristus punika nyatanipun tiyang-tiyang dosa,

Page 800: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

GALATI 2.18–3.2 7

punapa punika lajeng ateges bilih Sang Kristuspunika dados paladosing dosa? Babar pisanboten. 18Awit manawi kula mbangun malihpunapa ingkang sampun kula risak, punikakula ngatingalaken manawi kula punika nerakangger-anggering Toret. 19Awit kula sampunpejah margi saking anggger-anggering Toretkangge angger-anggering Toret supados kulagesang kagem Gusti Allah. Kula sampunndherek kasalib kaliyan Sang Kristus,20nanging kula gesang, namung kemawonsanes kula piyambak malih ingkang gesang,namung Sang Kristus ingkang gesang wontening kula. Wondene gesang kula ingkang kulasandhang ing daging sapunika, punika gesangmargi saking pitados dhumateng PutraningAllah ingkang sampun ngasihi kula sahasampun masrahaken sariranipun kangge kula.21Kula boten nampik sih-rahmatipun GustiAllah. Awit saupami wonten kaleresan amargisaking angger-anggering Toret, sedanipunSang Kristus punika tanpa gina.

Kabenerake marga saka iman

3:1-14

31He wong Galati kang tanpa budi, sapata kang mblithuk kowe? Gusti Yesus

Kristus kang kasalib iku rak wus kagambarkanthi cetha wela-wela ana ing ngarepmu ta?2Mung iki kang arep dakngreteni saka kowe:Apa anggonmu wus padha nampani Roh ikumarga saka nglakoni angger-anggering Toret,

Page 801: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

GALATI 3.3–11 8

apa marga saka pangundhanging pracaya?3Nganti samono anggonmu padha tanpa budi.Kowe wus miwiti kalawan Roh, apa kowesaiki arep mungkasi kalawan daging? 4Apamuspra kabeh kang wus padha kokalamikang samono akehe iku? Masa yen muspra!5Dadi kapriye saikine, apa Panjenenganekang maringi Roh marang kowe nganti luberlan nindakake mukjijat ana ing antaramu,anggone nindakake mangkono iku, apa margakowe nglakoni angger-anggering Toret apamarga saka pangundhanging pracaya?6 Iya kanthi patrap mangkono iku anggone

Rama Abraham kumandel marang Gusti Allah,sarta yaiku kang dening Gusti Allah njalaribanjur kaanggep bener. 7Dadi kowe ngretimanawa wong-wong kang urip saka pracayaiku padha dadi putrane Rama Abraham. 8LanKitab Suci, kang sadurunge wus sumurupmanawa Gusti Allah nganggep bener marangwong-wong kang dudu wong Yahudi margasaka pracaya, wus luwih dhisik martakakeinjil marang Rama Abraham: “Iya ana ingsira kabeh bangsa bakal diberkahi.” 9Dadiwong-wong kang urip saka pracaya, iyaiku kang padha diberkahi bebarengan karoRama Abraham kang kumandel iku. 10Awitkabeh wong, kang uripe saka ayahaneangger-anggering Toret iku kabawah inglaknat, sabab ana tulisan mangkene: “Kenaaing laknat wong kang ora setya anggonenglakoni samubarang kang katulis ana ingkitab angger-anggering Toret.” 11Lan iya

Page 802: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

GALATI 3.12–17 9

wus cetha yen ora ana wong kang kaanggepbener ana ngarsane Gusti Allah marga sakanglakoni angger-anggering Toret, awit: “Wongkang kaanggep bener iku bakal urip margasaka pracaya.” 12Awit angger-anggeringToret iku dhasare dudu iman, nanging sapakang nglakoni angger-angger, iku bakal uripdening angger-angger. 13Sang Kristus wusnebus kita saka laknate angger-anggeringToret srana dadi laknat piyambak marga sakakita, sabab ana tulisan mangkene: “Kenaaing laknat saben wong kang digantung ingkayu salib iku!” 14Kalawan mangkono ikuberkahe Rama Abraham ana ing Gusti YesusKristus tumeka marang bangsa-bangsa liya,supaya kita marga saka pracaya bisa nampaniprasetyaning Roh.

Angger-anggering Toret apa prasetya

3:15-2915Para sadulur, becike aku daknganggo

conto padinan. Sawijining wasiyat kang wuskaabsahake iku, sanadyan ta saka manungsa,ora ana wong kang bisa mbatalake utawanambahi. 16Anadene kabeh prasetya ikukapangandikakake marang Rama Abraham lanmarang turune. Panjenengane ora ngandika:“Marang turun-turune” kang kaya-kayaateges wong akeh, nanging mung wong siji:“lan marang turunmu”, yaiku Sang Kristus.17Karepku yaiku prasetya kang sadurunge wuskaabsahake dening Gusti Allah iku ora bisa

Page 803: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

GALATI 3.18–24 10

dibatalake dening angger-anggering Toret,kang lagi ana sawuse patang atus telung puluhtaun, nganti prasetya iku ilang kakuwatane.18Sabab manawa kang kaabsahake deningGusti Allah iku asale saka angger-anggeringToret, mesthine asale ora saka prasetya;nanging malah marga saka prasetya GustiAllah wus maringake sih-rahmate marangRama Abraham. 19Lha yen mangkono apategese angger-anggering Toret iku? Ikuditambahake awit saka anane panerak-panerak nganti rawuhe turun kang dikarepakeing prasetya iku -- lan angger-anggering Toretiku kaparingake lumantar malaekat-malaekatmarang astane sawijining pantara. 20Denesawijining pantara iku ora mung dadi wakilewong siji bae, mangka Gusti Allah iku siji.21Lha yen mangkono apa angger-anggeringToret iku sulaya karo kabeh prasetyaningAllah? Babar pisan ora. Sabab saupamaangger-anggering Toret kang kaparingakeiku bisa nguripake, mesthine kabeneraniku pancen tuwuh saka angger-anggeringToret. 22Nanging Kitab Suci wus nggolongakesamubarang kabeh marang pamengkuningdosa, supaya awit saka pracaya marang GustiYesus Kristus prasetya mau kaparingakemarang wong kang padha pracaya. 23Nangingsadurunge tekane pracaya iku, kita kawengkuing pangreksaning angger-anggering Toret,kakurung nganti pracaya iku wus kalairake.24Dadi angger-anggering Toret iku minangkapamomong kita nganti Sang Kristus rawuh,

Page 804: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

GALATI 3.25–4.5 11

supaya kita kaanggep bener marga sakapracaya. 25Nanging saiki pracaya iku wusteka, dadine kita wus ora kabawah manehing pangreksane pamomong. 26Sabab margasaka pracaya marang Gusti Yesus Kristus kowepadha dadi putrane Gusti Allah. 27Awit kowekabeh, kang padha kabaptis ana ing SangKristus, wus padha ngrasuk marang SangKristus. 28 Ing bab iki ora ana wong Yahudiutawa wong Yunani, ora ana batur tukonutawa wong mardika, ora ana lanang utawawadon, awit kowe kabeh padha dadi siji anaing Sang Kristus Yesus. 29Mangka yen kowekagungane Sang Kristus, ateges kowe padhadadi trahing Rama Abraham lan padha dadiahli waris miturut prasetya.

Ora ana pangawula maneh

4:1-11

41Kang dakarepake mangkene: Sajroneahli waris durung diwasa, ora ana

bedane sathithik-sathithika karo batur tukon,sanadyan ta iku kang nduweni samubarangkabeh. 2Nanging kawengku ing emban lanpamomong nganti tumeka ing wektu kangwus ditemtokake dening bapakne. 3Samonouga kita: Sajrone durung diwasa kita tetepkawengku uga dening para rohing jagad.4Nanging bareng wus tekan ing ganepemangsa, Gusti Allah ngutus Kang Putra, kangmiyos saka wanita, miyos kawengku ingangger-anggering Toret, 5prelu nebus kabeh

Page 805: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

GALATI 4.6–14 12

kang padha kawengku ing angger-anggeringToret, supaya kita bisa katrimah dadi putra.6Lan sarehne kowe iku padha dadi putra,mulane Gusti Allah wus ngutus Rohe KangPutra marang ing sajroning ati kita, kangnguwuh: “Abba, Rama!” 7Dadine kowe kabehiku wus dudu batur tukon maneh, nangingputra; lan yen kowe kabeh iku putra, kowe ikuuga padha dadi ahli-waris marga saka GustiAllah. 8Biyen , nalika kowe durung wanuhmarang Gusti Allah, kowe ngawula marangallah-allah kang sejatine dudu Gusti Allah.9Nanging saiki sawuse kowe wanuh marangGusti Allah, malah luwih saka iku, sawusekowe ditepangi dening Gusti Allah, kapriyedene kowe kok mbaleni maneh marangroh-roh donya kang apes lan papa, sarta arepwiwit kokkawulani maneh? 10Kowe padhanetepi dina-dina, sasi-sasi, mangsa-mangsa,apadene taun-taun. 11Aku kuwatir yenkangelanku kanggo kowe iku tanpa tuwas.

Elinga marangpitepungan kita ing sakawit

4:12-2012Para sadulur, panjalukku marang kowe,

kowe padha dadia kaya aku, sabab akuuga wus dadi padha kaya kowe. Durungtau kowe kaluputan marang aku. 13Kowepadha sumurup, manawa aku martakakeInjil marang kowe kang sapisanan iku sababawakku lara. 14Sanadyan kaya mangkono

Page 806: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

GALATI 4.15–20 13

kaanane awakku, kang dadi pacoban kanggokowe kabeh, ewadene ora kokanggep kayabarang kang ina lan kang njijiki, nanging kowewus padha nampani aku padha kaya nampanimalaekate Gusti Allah, malah padha kayanampani Sang Kristus Yesus piyambak. 15Kayaapa begjamu nalika samana! Lan saiki anangendi kabegjanmu iku? Awit aku bisa neksenimungguhing kowe, yen bisaa mangkono, kowewus padha nyuplaki mripatmu, kokwenehakemarang aku. 16Apa aku banjur dadi satrumu,marga aku mratelakake bab kayekten marangkowe? 17Wong-wong iku kanthi mempengpadha ngudi narik kowe, nanging ora kalawantulusing ati, awit karepe bakal ngetokakekowe, supaya kowe ngeloni marang wong-wong mau kalawan tumemen. 18Pancen becikmanawa wong kalawan sregep ngudi nenarikwong liya ing bab-bab kang becik, anggereterus mangkono, lan ora mung yen aku lagiana ing antaramu bae. 19He anak-anakku, iyamarga saka kowe aku ngrasakake lara kayanglarani maneh, nganti Sang Kristus maujudcetha ana ing kowe. 20Kaya apa kangenkukapengin ana ing tengah-tengahmu ing wektuiki lan banjur bisa rerembugan kalawan swaraseje, awit aku wus kentekan akal ing ngatasekowe iku.

Page 807: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

GALATI 4.21–30 14

Ibu Hagar lan Ibu Sara

4:21-3121Coba kandhaa marang aku, he kowe

kang padha kapengin urip kawengku ingangger-anggering Toret, apa kowe padha orangrungokake angger-anggering Toret? 22Rakana tulisan, yen Rama Abraham iku kagunganputra loro ta, kang siji saka abdi lan sijine sakawanita mardika? 23Nanging putra saka abdiiku miyose manut tata daging dene putra sakawanita kang mardika iku awit saka pracaya.24 Iki sawijining pasemon. Sabab wanita loroiku mrasemoni prajanjian loro: kang siji kangasale saka gunung Sinai lan anak-anak padhabatur tukon iku, yaiku Ibu Hagar -- 25 IbuHagar iku yaiku gunung Sinai ing tanah Arab-- lan padha karo Yerusalem kang saiki, uriping pangawulan saanak-anake. 26NangingYerusalem kaswargan iku wanita kang mardikalan iya iku ibu kita. 27Awit ana tulisan:“Bebungaha, he wong gabug kang ora tau

nglairake!Bebungaha lan surak-suraka, he kowe kang

ora tau nglarani! Sabab kang ditinggalbojone, bakal duwe anak luwih akehtinimbang kang duwe bojo.”

28Lan kowe para sadulur, kowe padha kayaRama Iskak padha dadi putraning prasetyan.29Nanging padha kaya biyen, kang kalairaketata daging, nguya-uya marang kang kalairaketata Roh, samono uga saiki iki. 30Nanging

Page 808: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

GALATI 4.31–5.7 15

kapriye surasane nas Kitab Suci? “Tundhungenbatur wadon iku saanake, sabab anake baturwadon iku ora bakal melu kapandumanwarisan karo anake wanita kang mardika iku.”31Awit saka iku, sadulur-sadulur, kita iki duduanak-anake batur wadon, nanging padha dadiputra-putrane wanita kang mardika.

Kamardikan Kristen

5:1-15

51Supaya kita mardika temenan, SangKristus wus mardikakake kita. Awit

saka iku ngadega kang jejeg lan aja gelemmaneh dikalungi pasangan pangawulan.2Satemen-temene, aku, Paulus pituturmarang kowe: Manawa kowe tetak, SangKristus bakal ora migunani babar pisan tumrapkowe. 3Sapisan maneh dakpituturake marangsaben wong kang tetak, manawa wong ikuwajib nglakoni sakabehing angger-anggeringToret. 4Kowe dadine uwal saka Sang Kristus,manawa kowe ngarah kaanggep bener margasaka angger-anggering Toret; kowe urip ingsajabaning sih-rahmat. 5Marga saka Roh, lanawit saka pracaya kita nganti-anti marangkabeneran kang kita arep-arep. 6Sababtumraping wong-wong kang ana ing SangKristus Yesus, bab tetak utawa ora tetak ikuora ana paedahe, ya mung pracaya kangtumindak ing gawe kalawan katresnan. 7Biyenanggonmu lumayu iku becik. Sapa ta kangngalang-alangi kowe, satemah kowe banjur

Page 809: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

GALATI 5.8–15 16

ora manut ing kayekten maneh? 8Pangrimuksupaya ora manut maneh iku ora saka ingPanjenengane, kang nimbali kowe kabeh.9Ragi sathithik wus bisa rumasuk ing jladrenkabeh. 10Ana ing Gusti aku yakin mungguhing kowe, manawa kowe ora nduwenipikiran liya kajaba pikiran iki. Nanging sapakang ngisruhake kowe, iku bakal nyanggapaukumane, sanadyan sapa bae wong iku.11Lan maneh, tumrap aku, sadulur-sadulur,manawa aku isih martakake bab tetak, geneyaaku isih dikuya-kuya? Sabab yen mangkono,dadi sandhungan kang marga saka salib ikuwus kasingkirake. 12Becike wong-wong kangpadha nggegerake kowe iku padha ngebiriaawake pisan bae!13Para sadulur, kowe wus padha katimbalan,

supaya mardika, nanging aja nganti kowemigunakake kamardikan iku dadi dhadhakantumrap uriping daging, nanging padhaladen-linadenana srana katresnan. 14Sababangger-anggering Toret kabeh iku kacakuping pangandika siji iki, yaiku: “Sira tresnaamarang ing sapepadhanira dikaya marangawakira dhewe.” 15Dene manawa kowepadha kerah-kerahan lan padha mangsa-minangsa, padha diawas, aja nganti kowetumpes-tinumpes.

Page 810: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

GALATI 5.16–25 17

Urip manut daging utawa Roh

5:16-2616Karepku yaiku: Lakumu padha manuta

marang Roh, lan aja nuruti kapencutingdaging. 17Awit pepenginane daging ikunyulayani marang Roh lan karsane Rohiku nyulayani marang daging -- awitsakarone padha lelawanan -- temahankowe saben-saben ora nindakake apa kangkokkarepake. 18Ananging manawa kowepadha masrahake awakmu supaya dituntundening Roh, mesthi kowe padha ora kawengkuing angger-anggering Toret. 19Dene pakartinedaging wus cetha: laku jina, laku rusuh,nguja hawa nepsu, 20nyembah brahala,sihir, sesatron, pasulayan, meri, brangasan,mung mikir awake dhewe, cidra, roh kangmemecah, 21drengki, mendem, jibar-jibur lansapanunggalane. Tumrap sakabehe iku kowedakelingake -- kaya kang wus daktindakakebiyen -- manawa sapa kang nindakakebab-bab kang kaya mangkono iku, ora bakaloleh panduman Kratoning Gusti Allah. 22Denewohing Roh yaiku: katresnan, kabungahan,tentrem-rahayu, sabar-sareh, paramarta,kabecikan, setya, 23alusing bebuden, bisangemudheni dhiri. Ora ana angger-anggerkang nglawan bab-bab kang mangkono iku.24Lan sapa kang dadi kagungane Sang KristusYesus, iku wus nyalib daging dalah sakabehinghawa nepsu lan pepenginane. 25Manawa kita

Page 811: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

GALATI 5.26–6.9 18

urip marga saka Roh, urip kita uga katuntundening Roh 26 lan kita aja mendem drajat, ajapadha tantang-tantangan, sarta aja jejailan.

Padha tulung-tinulungana

6:1-10

61Para sadulur, yen ana wong kang tinemunglakoni panerak, kowe kang kasukman,

kudu nuntun wong iku marang dalan kangbener kalawan budi kang sareh, karo njagaawakmu dhewe, supaya kowe uga aja kenaing pacoban. 2Padha tuung-tinulunganaing bot-repot! Iya kaya mangkono ikuanggonmu netepi ing angger-anggeringSang Kristus. 3Sabab yen ana sawenehingwong kang rumangsa, manawa awake aji,mangka babar pisan ora aji, iku ngapusiawake dhewe. 4Becike saben wong ndadarapagaweane dhewe; lagi kena gumunggungndeleng kaanane dhewe lan ora ndelengkaanane wong liya. 5Sabab saben wongbakal mikul tetanggungane dhewe. 6Lanwong kang nampani piwulanging pangandikaiku mandumana samubarang kang kadarbemarang wong kang aweh piwulang iku. 7Ajapadha kesasar! Gusti Allah ora kena digawegeguyon. Awit apa kang disebar ing wong,iya iku kang bakal dieneni. 8Sabab singsapa nyebar ing daginge, dheweke bakalngeneni karusakan saka daginge -- nangingsapa kang nyebar ing Roh, iya bakal ngeneniurip langgeng saka ing Roh iku. 9Aja nganti

Page 812: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

GALATI 6.10–16 19

kita kemba anggon kita gawe kabecikan,awit manawa wus tekan ing kalamangsane,kita bakal ngeneni, anggere kita ora ngantikendho. 10Awit saka iku mumpung kita kober,ayo padha gawe becik marang wong kabeh,luwih-luwih marang sadulur-sadulur kita kangtunggal pracaya.

Piweling wekasan lan salam

6:11-1811Padha delengen, sapira gedhene aksara-

aksara kang dakanggo nulis marang kowekalawan tanganku dhewe. 12Wong-wongkang cara lair seneng nonjolake awakedhewe, iya wong-wong iku kang padhambudidaya bisaa meksa kowe supaya tetak,karepe mung supaya padha ora dikuya-kuyamarga saka salibe Sang Kristus. 13Sababwong-wong kang padha tetak iku iyapadha ora netepi angger-anggering Toret.Nanging karepe supaya kowe padha tetakamrih wong mau bisa gumunggung ing babkaananmu lair. 14Dene aku ora pisan-pisangelem gumunggung, kajaba ing bab salibeGusti kita Yesus Kristus, sabab marga sakaPanjenengane jagad wus disalib kanggo akulan aku kanggo jagad. 15Sabab tetak utawaora tetak ora ana paedahe, nanging dadi titahkang anyar iku kang ana paedahe. 16Lankabeh wong kang lakune katuntun deningwewaton iki, tentrem-rahayu lan rahmat mugatumurun marang wong-wong iku lan marang

Page 813: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

GALATI 6.17–18 20

Israel kagungane Gusti Allah. 17Sabanjureaja ana kang gawe ribedku, marga ingawakku ana tandha-tandha kagungane GustiYesus. 18Sih-rahmate Gusti kita Yesus Kristusnunggala ing sukmamu, sadulur-sadulur!Amin.

Page 814: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

EFESUS

Salam

1:1-2

11Saka Paulus, rasule Sang Kristus Yesusawit saka karsane Gusti Allah, marang

para suci ing kutha Efesus, iya para wong kangpadha pracaya ana ing Sang Kristus Yesus.2Sih-rahmate lan tentrem-rahayu saka GustiAllah, Rama kita lan saka Gusti Yesus Kristusanaa ing kowe kabeh.

Kasugihane para wong pepilihan

1:3-143Pinujia Gusti Allah lan Ramane Gusti

kita Yesus Kristus, kang wus mberkahi kitaana ing Sang Kristus kalawan sarupaneberkah kasukman kang ana ing swarga.4Awit sadurunge jagad katitahake iya anaing Panjenengane iku Gusti Allah wus milihikita, supaya kita padha suci tanpa cacadana ing ngarsane. 5Marga saka sih-mirmanesaka ing wiwitan mula Panjenengane wuskepareng netepake kita kaangkat dadi paraputrane marga saka Gusti Yesus Kristus,ing sakeparenge karsane, 6 supaya pinujiasih-rahmate kang luhur, kang kaparingakemarang kita ana ing Panjenengane kang

Page 815: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

EFESUS 1.7–14 2

kinasih. 7Sabab iya ana ing Panjenenganemarga saka rahe, kita kaparingan tetebusan,yaiku pangapuraning dosa, manut gungingsih-rahmate, 8kang wus diluberake marangkita kalawan sagunging kawicaksanan lanpangreten. 9Marga Panjenengane wusmedharake wewadining karsane marang kita,manut karo rancangan-palimirmane, yaikurancangan-palimirma kang wiwit sakawit wusditetepake ana ing Sang Kristus, 10minangkapacawisan ganeping wektu manunggalingsakabehe ana ing Sang Kristus kang dadisesirahing sakabehe iku mau iya kangana ing swarga iya kang ana ing bumi.11Daktembungake “ing Sang Kristus”, awitiya ana ing Panjenengane iku aku kabehpadha oleh panduman kang dijanjekake -- akukang saka wiwitan padha katemtokake tampapanduman iku cundhuk karo karsaning Allah,kang ing samubarang kabeh makarya manutputusaning karsane -- 12 supaya aku kangsadurunge wus padha duwe pangarep-areptumrap Sang Kristus, kepareng dadi sranapanggunggunging kaluhurane. 13Ana ingPanjenengane kowe kabeh, -- awit kowewus padha ngrungokake pangandikaningkayekten, yaiku Injiling karahayon -- iyaana ing Panjenengane kowe kabeh sawusepracaya, uga padha kaecap ing Roh Suci kangkaprasetyakake iku. 14Dene Roh Suci iku kangdadi tanggunganing bagean kita nganti kitapadha tampa sakabehe, yaiku tetebusan kang

Page 816: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

EFESUS 1.15–21 3

minangka srananing kita dadi kagungane GustiAllah, supaya pinujia kaluhurane.

Pandonga supaya mangreti marangkamulyane Sang Kristus

1:15-2315Mulane, aku iki sawuse krungu warta

bab pracayamu marang Gusti Yesus lanbab tresnamu marang sakehe para suci,16ora kendhat anggonku caos sokur margasaka kowe kabeh. Lan aku tansah ngelingikowe sajroning pandongaku, 17 supayaAllahe Gusti kita Yesus Kristus, yaikuSang Rama kang asipat mulya iku, karsaparing Rohing kawicaksanan lan wahyumarang kowe satemah kowe banjur wanuhmarang Panjenengane kanthi sabenere.18Panjenengane madhangake mripatingatimu, supaya kowe ngreti mungguhpangarep-arep apa kang kamot ing timbalane;iba gedhening pandumane kamulyan kangkatemtokake kanggo para suci, 19 lan ibagunge panguwaose tumrap kita, kang pracaya,cundhuk karo dayaning panguwaose 20kangkatindakake ana ing Sang Kristus kalawananggone ngwungokake saka antarane wongmati lan nglenggahake ing swarga ana ingsisih tengene, 21banget anggone ngungkuliluhure sakehing pamarentah lan panguwasasarta pamisesa tuwin karajan lan sadhengahajeneng kang kena sinebut, ora ngamungakeana ing donya iki bae, nanging uga ing

Page 817: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

EFESUS 1.22–2.6 4

jaman kang bakal kalakon. 22Karodenesamubarang kabeh wus tinata ing sangisoresampeyane Sang Kristus lan Panjenenganewus kaparingake marang pasamuwanminangka Sesirahing samubarang kang ana.23Dene pasamuwan iku kang dadi sarirane,kang kapenuhan ing Panjenengane, kangmenuhi samubarang kabeh.

Kabeh-kabeh iku sih-rahmat

2:1-10

21Kowe biyen padha mati marga sakapanerak-panerak lan dosa-dosamu.

2Kowe biyen padha dumunung ana ing kono,awit kowe ngenut lakuning donya iki, lanmbangun-miturut marang panguwasanekarajan awang-awang, yaiku roh kang saikilagi nandukake dayane ana ing satengahepara wong duraka. 3Satemene biyen akukabeh uga padha kaetung klebu ing antaranewong-wong iku, nalika urip ana ing sajroninghawa-nepsuning daging lan nuruti pakaremanedaging lan pangangen-angenku kang ala.Pancena aku kudu padha kaparingan bebendu,kayadene wong-wong liyane. 4NangingGusti Allah kang sugih kawelasan, awit sakagedhening katresnan kang kaluberake marangkita, 5wus nguripake kita bareng karo SangKristus, sanadyan ta kita wis padha mati,awit saka kaluputan-kaluputan kita -- margasaka sih-rahmat kowe padha kapitulunganrahayu -- 6 lan ana ing Sang Kristus kita padha

Page 818: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

EFESUS 2.7–13 5

ditangekake lan uga diparingi papan barengkaro Panjenengane ana ing swarga, 7 supayaing jaman kang bakal kalakon Panjenenganengatingalake marang kita anggone sugihsih-rahmat kang luber-luber cundhuk karokasaenane marang kita ana ing Sang KristusYesus. 8Sabab anggonmu padha kapitulunganrahayu iku saka sih-rahamat marga pracaya;lan iku dudu wohing pambudidayamu,nanging peparinge Gusti Allah, 9 iku duduwohing panggawemu: aja ana wong kanggumunggung. 10Marga kita iki titahe GustiAllah, katitahake ana ing Sang Kristus Yesus,supaya padha nglakoni panggawe becik kangkacawisake Gusti Allah sadurunge, minangkaambah-ambahan kita.

Katunggilake ana ing Sang Kristus

2:11-2211Mulane ngelingana, manawa biyen kowe --

wong-wong kang dudu wong Yahudi mungguhing daging, kang sinebut wong-wong kangora tetak dening wong-wong kang ngaraniawake dhewe “tetak”, yaiku tetak tata lairsrana tanganing manungsa, -- 12manawanalika samana kowe tanpa Sang Kristus, oraklebu warga Israel lan ora oleh pandumantumrap prasetya kang kajanjekake, tanpapangarep-arep lan tanpa Gusti Allah anaing donya. 13Nanging saiki kowe ana ingSang Kristus Yesus, kowe kang nalikasamana “adoh”, saiki wus dadi “cedhak”

Page 819: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

EFESUS 2.14–22 6

marga saka rohe Sang Kristus. 14Marga iyaPanjenengane iku tentrem-rahayu kita, kangwus manunggalake sakaro-karone dadi siji lankang wus ngrubuhake tembok singgetan, yaikusesatron, 15awit Panjenengane wus mbatalakeangger-anggering Toret dalasan sakabehingpepakon lan katamtuan-katamtuan, supayasakaro-karone dadi manungsa anyar siji anaing panjenengane lan kalawan mangkonoiku banjur nganakake tentrem-rahayu, 16 lankanggo ngrukunake sakaro-karone, anaing badan siji, karo Gusti Allah srana salib,kanthi ngilangake sesatron kang ana ing salibiku. 17Panjenengane rawuh lan martakaketentrem-rahayu marang kowe kabeh kang“adoh” lan marang wong-wong kang “cedhak”,18awit iya marga saka Panjenengane ikukita sakarone ana ing Roh siji padha olehdalan marang ing ngarsane Sang Rama.19Marga saka iku, kowe dudu wong manca lanwong neneka maneh, nanging wus manjingdadi sagolongan karo para suci lan manjingdadi brayating Allah, 20kang kabangunadhedhasar ing para rasul lan para nabi,kalawan Sang Kristus Yesus kang minangkawatuning pepojok. 21 Iya Panjenengane ikukang dadi margane sagedhong kabeh, sawisekatata runtut banjur dadi Padalemaning Alahkang Suci, ana ing sajrone Gusti. 22Anaing Padaleman iku kowe uga padha melukabangun dadi padalemane Gusti Allah, anaing sajrone Roh.

Page 820: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

EFESUS 3.1–8 7

Wadining timbalan marangwong-wong dudu Yahudi

3:1-13

31Yaiku sababe aku iki, Paulus, wong kangdikunjara marga saka Sang Kristus Yesus

kanggo kowe wong-wong kang ora wanuhmarang Gusti Allah, 2 -- kowe rak wus padhakrungu mungguh ayahaning sih-rahamateGusti Allah, kang kapitayakake marang akumarga saka kowe kabeh, 3yaiku srana wahyuanggonku wus kasumurupake ing wewadi,kaya kang wus daktulis ing dhuwur kanthiringkes. 4Yen kokwaca, kowe bisa sumurupmungguh pangretenku bab kekeraningSang Kristus, 5kang ing biyen-biyene oradakwartakake marang anak-anake manungsa,nanging kang saiki kawedharake marangrasul-rasul lan nabi-nabine Gusti kangsuci marga dening Roh, 6yaiku manawawong-wong dudu Yahudi marga saka PawartaInjil, melu dadi ahli waris lan gegelitaningsarira sarta melu duwe panduman anaing prasetyan kang kaparingake ana ingpatunggilane Sang Kristus Yesus. 7Aku wusdadi paladene Injil iku manut peparingesih-rahmate Gusti Allah kang kaganjarakemarang aku cundhuk karo makaryanepanguwaose. 8Aku, wong kang asor dheweing antarane para suci kabeh, wus kaparingansih-rahmat iki, kanggo martakake marangwong-wong dudu Yahudi bab kasugihane

Page 821: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

EFESUS 3.9–18 8

Sang Kristus, kang ora kena kinira iku, 9 sartakanggo nerangake apa isine ayahaning wewadikang wus atusan taun kineker ing Gusti Allah,kang nitahake samubarang kabeh, 10 supayasaiki kabeh sawernaning kawicaksananeGusti Allah disumurupake marang parapamarentah lan para panguwasa ing swargadening pasamuwan, 11 laras karo karsanekang langgeng, kang wus katindakake anaing Sang Kristus Yesus, Gusti kita. 12Anaing Panjenengane kita oleh kakendelan landalan sowan menyang ing ngarsane GustiAllah kalawan sumendhe babar pisan margasaka pracaya kita marang Panjenengane.13Mulane panjalukku marang kowe kabeh,aja nganti padha cilik atimu nyawang marangkasangsaranku marga saka kowe, awitkasangsaranku iku kamulyanmu.

Pandongane Rasul Paulus

3:14-2114 Iya iku mulane aku jengkeng sujud ana

ing ngarsane Sang Rama, 15kang dadi asalesebutane kabeh turun kang ana ing swargalan ing bumi. 16Aku ndedonga, supayaPanjenengane saka gunging kamulyanenguwatake lan nyantosakake kowe deningRohe ing batinmu, 17 temahan marga sakapracayamu, Sang Kristus dedalem ana ingatimu sarta kowe padha ngoyoda lan atetalesaana in katresnan. 18Aku ndedonga, supayakowe karo sakehing para suci bisa nyumurupi

Page 822: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

EFESUS 3.19–4.7 9

sapira ambane lan dawane sarta dhuwure lanjerone sihe Sang Kristus 19 sarta bisa ngawruhimarang sihe kang ngungkuli sakabehingkawruh iku. Aku ndedonga, supaya padhakapenuhan ing kasampurnaning Gusti Allah.20 Iya Panjenengane, kang kuwaos nindakakeluwih dening akeh tinimbang apa kang kitadongakake utawa kita pikir, kaya kang kacethaana ing daya-kakuwatan kang tumindak anaing kita, 21 iya Panjenengane iku kang sayogyakacaosan kamulyan ana ing pasamuwan laning sajrone Sang Kristus Yesus, turun-tumurunnganti salawas-lawase. Amin.

Patunggalaning pasamuwan lanbeda-bedaning kanugrahan

4:1-16

41Mulane, aku mituturi kowe, aku kang dadipasakitan marga saka Gusti, uripmu dikaya

wong-wong kang wus padha katimbalancundhuk karo timbalan iku. 2Ditansahandhap-asor, sareh lan sabar. Padha ngetoknakatresnanmu kalawan tulung-tinulung. 3Lanngudia lestarine anggonmu tetunggalan ingRoh sarana suhing atut rukun: 4 tunggal badan,lan iya tunggal Roh, kayadene anggonmu wuspadha katimbalan marang pangarep-arep sijikang dumunung ana ing timbalanmu, 5 tunggalGusti, tunggal pracaya lan tunggal baptis,6 tunggal Allah lan Ramane kabeh, GustiAllah kang mengku kabeh, lumantar kabeh,lan ana ing kabeh. 7Nanging sawiji-wijining

Page 823: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

EFESUS 4.8–16 10

panunggalan kita wus kaganjar sih-rahmatundha-usuk manut sapalimirmane SangKristus. 8Mulane ana pangandika mangkene:“Sareng sumengka ing ngaluhur,

Panjenenganipun mbandhangitiyang-tiyang tawanan,

Panjenenganipun maringi ganjaran dhatengmanungsa.”

9Mungguh “Panjenengane wus sumengka”iku rak ateges manawa Panjenengane iyawus tumedhak uga menyang ing peranganingbumi kang ngisor dhewe? 10Panjenenganekang wus tumedhak, iya Panjenengane ugakang wus sumengka ngungkuli sakehinglangit, supaya ngebeki samubarang. 11Lan iyaPanjenengane kang paring para rasul, nabi,juru Injil, pangon lan pamulang, 12 supaya parasuci padha kacawisna kanggo ayahan leladi,kanggo pambangune sarirane Sang Kristus,13nganti kita kabeh wus padha bisa nggayuhmanunggaling pracaya lan kawruh kang benertumrap Putraning Allah, kadiwasan kangsampurna, lan tataran kang cundhuk karokasampurnaning Sang Kristus, 14 temahan kitaora dadi bocah maneh, kang diobat-abitakedening sarupane angine piwulang, deningpratingkah nasar lan culikane manungsakang mblasukake, 15nanging kalawan tatagngandhemi kayekten sajroning katresnan, kitamundhak-mundhak ing samubarang ngenerSang Kristus kang jumeneng Sesirah. 16 Iyasaka Panjenengane iku sarirane sakojur --kang tumata runtut lan kaiket dadi siji awit

Page 824: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

EFESUS 4.17–25 11

saka makartine kabeh perangane, cundhukkaro murwate pakaryane saben perangan iku-- anggone tumuwuh mbangun dhiri sajroningkatresnan.

Dalaning urip anyar

4:17-3217Mula iki dakkandhakake lan dakcethakake

marang kowe ana ing patunggilane Gusti,yaiku: Uripmu aja kaya lakuning wong-wongkang ora wanuh marang Gusti Allah manehkang pangangen-angene tanpa guna 18 lankang peteng pikirane, adoh saka ing urippatunggilan karo Gusti Allah, marga sakabodhone lan marga saka wangkoting atine.19Pangrasane wus kethul, temahan padhamasrahake awake marang pamblunthah lannglakoni panggawe kang rusuh kalawankethaha. 20Nanging munguh kowe iku oramangkono. Kowe wus padha sinau wanuh karoSang Kristus. 21Awit kowe wus krungu babPanjenengane lan nampani piwulang ana ingPanjenengane manut kayekten kang satuhuana ing Gusti Yesus 22yaiku manawa kowe,ing bab lakumu kang biyen, kudu ngrucatkamanungsan lawas, kang nemahi rusakawit saka anane hawa-nepsu kang nasarake,23 supaya kowe padha dianyarake ing rohlan pikiranmu, 24 lan ngrasuk kamanungsananyar, kang wus tinitahake manut karokarsaning Allah ing kabeneran lan kasucenkang nyata. 25Awit saka iku mbuwanga watek

Page 825: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

EFESUS 4.26–5.2 12

goroh lan ngucapa kang nyata marang ingpepadhaning sadulur siji lan sijine, awit kitapadha-padha dadi gegelitaning badan siji.26Manawa kowe nepsu aja nganti gawe dosa:srengenge aja nganti angslup sadurungenepsune ilang 27 lan aja aweh papan marangiblis. 28Wong kang gawene nyolong, ajanyolong maneh, nanging becik nyambut-gawekanthi tumemen lan nglakoni pagawean kangbecik kalawan tangane dhewe, supaya bisanguluri wong kang kekurangan. 29Aja ngantiana tembung reged kawetu saka ing tutukmu,nanging munga tembung kang becik kanggombangun, yen prelu, supaya kang krungu,oleha sih-rahmat. 30Lan kowe aja gawesekele Sang Rohing Allah kang suci, kang wusngecap kowe kanggo ing dina pangentasan.31Sadhengahing rasa serik, brangasan,gampang nepsu, tukar-padu lan panyatur alabuwangen saka ing antaramu, samono ugasadhengahing piala. 32Nanging kowe dipadhasumanak mungguh ing siji lan sijine, kebak ingsih katresnan lan apura-ingapuraa kayadeneGusti Allah ana ing Sang Kristus iya wusngapura marang kowe kabeh.

Urip dadi putra-putraning pepadhang

5:1-21

51Awit saka iku padha nulada marang GustiAllah, dikaya putra-putra kang kekasih

2 lan padha lumakua ing katresnan, kayadeneSang Kristus Yesus uga wus ngasihi kowe

Page 826: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

EFESUS 5.3–13 13

kabeh lan masrahake sarirane kanggo kitaminangka pisungsung lan korban kang arumkagem Gusti Allah. 3Nanging mungguh lakujina lan sarupane pratingkah rusuh utawakamurkan iku aja nganti sanadyan mungakasebut bae ana ing antaramu, kaya kangpantes tumraping para suci. 4Samono ugaaja ngucap kang saru-saru, clemang-clemongutawa geguyon sembranan -- marga iku kabehora pantes -- nanging luwih prayoga ngucapasokur. 5Awit padha dieling temenan bab iki:ora bakal wong kang laku jina, wong kangnajis utawa wong kang kebak kamurkan,yaiku kang nyembah brahala, oleh pandumanana ing kratoning Sang Kristus lan GustiAllah. 6Aja nganti kowe kena disasarakekalawan tetembungan kang kothong, awitprakara-prakara kang mangkono iku nekakakebebenduning Allah tumrap wong-wong duraka.7Marga saka iku aja nganti kowe kekancankaro wong-wong iku. 8Pancen, biyen koweiku dadi pepeteng, nanging saiki kowe dadipepadhang ana ing Gusti. Mulane lakumudikaya putra-putraning pepadhang, 9margawohing pepadhang iku mung sarupaningkabecikan lan kaadilan lan kabeneran, 10 lantiti-priksanen apa kang dadi keparengingGusti. 11Aja melu-melu marang pratingkahepepeteng kang ora metokake woh apa-apa.Nanging kosokbaline iku welehna. 12Awitmung ngucapake bae mungguh apa kangkatindakake dening wong-wong iku ana ingpasingidan, iku wus jeneng saru. 13Nanging

Page 827: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

EFESUS 5.14–23 14

samubarang kang wus kawelehake deningpepadhang iku dadi kelair, awit kabeh kangkelair iku katon padhang. 14Awit saka iku anakang muni, “Meleka, he kowe kang turu lantangia saka antarane wong mati, temahanSang Kristus bakal madhangi kowe.” 15Margasaka iku, padha diawas marang lakumu, ajakaya wong kang bodho, nanging dikaya wongkang pinter, 16 lan gunakna wektu kang ana,awit jaman iki ala. 17Mulane aja padha tanpabudi, nanging udinen supaya kowe ngreti,mungguh apa kang dadi karsaning Gusti.18Lan aja nganti kowe mendem anggur, awitanggur iku nuwuhake hawa-nepsu, nangingkapenuhana ing Roh, 19 lan rerasanana siji lansijine nganggo masmur, kidung pamuji lankidung kasukman. Ngidunga lan surak-surakakagem Gusti kanthi tulusing ati. 20Tansahcaosa sokur marang Gusti Allah Sang Ramakita tumrap samubarang kabeh atas asmaneGusti kita Yesus Kristus, 21 lan diandhap-asoring antarane siji lans ijine ana ing sajrone wediasih marang Sang Kristus.

Katresnane Sang Kristusiku dhasaring jejodhoan

5:22-3322He para wong wadon, manut mituruta

marang bojomu dhewe kayadene marangGusti, 23awit kang lanang iku sesirahekang wadon, kayadene Sang Kristus iyasesirahing pasamuwan. Iya Panjenengane

Page 828: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

EFESUS 5.24–33 15

kang jumeneng Pamartane sarirane. 24Awitsaka iku kayadene pasamuwan sumuyudmarang Sang Kristus, mangkonoa uga parawong wadon marang kang lanang tumraping samubarang kabeh. 25He para wonglanang, padha tresnaa marang bojomukayadene Sang Kristus anggone wus ngasihipasamuwane nganti masrahake sariranemarga saka pasamuwan iku 26 supaya dadiasuci, sarana diresiki nganggo padusan banyukang kinanthenan pangandika 27 sarta kalawanmangkono banjur diprenahake ana ingngarsane wus katon mancorong tanpa cacadlan ora njengkerut sapiturute, nanging wusdadi pasamuwan kang suci lan tanpa cacad.28Mangkono uga para wong lanang padhakawjiban tresna marang bojone kaya marangawake dhewe: Sing sapa tresna marang bjoneiku awake dhewe kang ditresnani. 29Margaora tau ana wong nggethingi awake dhewe,malah diingoni lan diupakara padha kaya SangKristus marang pasamuwan, 30awit kita ikigegelitaning sarirane. 31Marga saka iku wonglanang kapesthi ninggal bapa lan biyunge lanrumaket marang bojone, temahan sakaroneiku dadi daging siji. 32 Iki wewadi kang gedhe,nanging kang dakkarepake gegayutane SangKristus karo pasamuwane. 33Dadi tumrapingkowe: padha tresnaa marang bojomu kayamarang awakmu dhewe, dene para wongwadon padha ngajenana marang kang lanang.

Page 829: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

EFESUS 6.1–9 16

Mbangun-turut lan katresnan

6:1-9

61He bocah-bocah, manut-mituruta marangwong tuwamu ana ing patunggilane Gusti,

mangkono iku kang bener. 2Sira ngajenanabapa-biyungira -- iki pepakon kang wigati,kaya kang kacetha ana ing prasetya iki --3 supaya sira slamet lan dawa umurira ana indonya.4Lan kowe para bapa, aja padha gawe

seriking atine anak-anakmu, nanginggulawenthahen ing bab piwulang lan pepelingkang saka ing Gusti.5He para abdi, manut-mituruta marang

bendaramu kang ana ing donya kanthi wedilan geter sarta kalawan tulusing ati, padhakaya anggonmu manut-miturut marang SangKristus, 6aja mung manawa ana ing ngarepebae kanggo nyenengake atining wong, nangingdikaya abdine Sang Kristus kang kalawangumolonging ati nindakake karsane GustiAllah, 7 lan kang kanthi lila legawa anggoneleladi kaya marang Gusti lan ora marangmanungsa. 8Kowe padha sumurup, manawasaben wong, apa batur tukon, apa wongmardika, yen wis nindakake kabecikan, bakaltampa piwales saka Gusti.9Lan kowe para bendara, dikaya mangkono

uga pangrengkuhmu marang para baturmu lanaja nganggo ancaman. Elinga, manawa Gutine

Page 830: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

EFESUS 6.10–19 17

lan Gustimu ana ing swarga, lan Panjenenganeiku ora pilih kasih.

Prabot kasukman

6:10-2010Wasana, padha dadia santosa ana ing

patunggilane Gusti, lan ing kasekteningpanguwasane. 11Padha sikepa prabotingprange Gusti Allah, supaya kowe bisa ndhahigelar kajuligane Iblis; 12awit kang kitatandhingi iku dudu daging lan getih, nangingpara pamarentah, para panguwasa, parapanggedhening jagad kang peteng iki, pararohing kadursilan kang ana ing langit. 13Mulanepadha nyandhaka praboting prange GustiAllah, supaya kowe bisa nyembadani samasatekane dina kang ala iku lan tetep tangguhsawuse kowe ngrampungake sakabehe.14Mulane padha dipanggah, lambungmusabukana ing kayekten lan ngrasuka kaadilanminangka kere, 15 sikilmu nganggoa trumpahcumadhangmu marang Injiling tentrem-rahayu; 16 sajrone mangkono iku padhanganggoa tamening pracaya, margane kowebakal bisa nyirep sakehing panah geni sakasi pangawak dursila, 17karomaneh padhanampanana tetopong karahyon lan pedhangRoh, yaiku sabdaning Allah, 18 ing sajroningpandonga lan panyuwunmu kabeh. Padhatansah ndedongaa ana ing patunggilaning Roh,sarta padha meleka lan ditegen anggonmupadha nyenyuwun kanggo para suci; 19uga

Page 831: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

EFESUS 6.20–24 18

kanggo aku, supaya manawa aku ngucap,diparingana tetembungan kang bener, lansupaya kanthi kendel anggonku nggiyarakekekeraning Injil, 20kang dakladeni minangkautusan kang dirante. Padha ndedongaa,supaya aku bisa nglairake bab iku kalawankendel, awit pancen kudu mangkono.

Pawarta lan salam

6:21-2421Supaya kowe uga padha sumurup marang

kaanan lan lelakonku, mula Tikhikus, sadulurkita kang kekasih lan abdi kang tumemen anaing Gusti, bakal aweh sumurup marang kowebab iku kabeh. 22 Iya iku karepku anggonkukongkonan Tikhikus nemoni kowe kabeh,supaya kowe padha ngreti mungguh kaanankusupaya nglipur atimu. 23Tentrem-rahayulan katresnan kang kanthi pracaya sakaGusti Allah Sang Rama lan saka Gusti kitaYesus Kristus anaa ing para sadulur kabeh.24Sih-rahmat anaa ing wong kabeh, kangpadha nresnani Gusti kita Yesus Kristus kanthikatresnan kang ora sirna ing salawas-lawase.

Page 832: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

FILIPI

Salam

1:1-2

11Saka Paulus lan Timoteus abdi-abdineSang Kristus Yesus marang sakehing para

suci ana ing sajroning Sang Kristus Yesus kangana ing kutha Filipi lan para juru pamomongsarta para juru pamulasara.2Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti

Allah Rama kita lan saka Gusti Yesus Kristusanaa ing kowe kabeh.

Pamuji sokur lan pandonga

1:3-113Aku caos sokur marang Allahku saben-saben

aku ngelingi marang kowe kabeh. 4Lan sabenaku ndongakake kowe kabeh, anggonkundedonga tansah kalawan bungah. 5Akungunjukake panuwun marang Allahku margasaka anggonmu padha tetunggalan ing babKabar Injil wiwit ing dina wiwitan ngantisaprene. 6Tumraping iku aku yakin banget,manawa Panjenengane, kang miwiti pakaryanbecik ana ing antaramu, iku bakal mbacutakenganti tumeka ing wekasane ing dinane SangKristus Yesus. 7Pancen wus sapantese manawaaku duwe pangrasa mangkono tumraping

Page 833: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

FILIPI 1.8–14 2

kowe kabeh, awit kowe padha klebu ing atiku,amarga kowe kabeh padha oleh panduman ingsajroning sih-rahmat kang diparingake marangaku, iya nalikane aku dikunjara, iya nalikanembelani sarta nyantosakake Injil. 8Awit GustiAllah kang dadi seksiku, kaya apa kangenkumarang kowe kabeh kalawan sih-katresnaneSang Kristus Yesus.9Lan iya iki pandongaku: Muga-muga

katresnanmu saya mundhak-mundhaka ingpangawruh kang bener lan ing sarupaningpangreten, 10 satemah kowe padha bisamilih apa kang becik, supaya kowe padhadadia resik lan ora cacad ngarepake dinaneSang Kristus, 11padha kapenuhan wohingkabeneran pakaryane Gusti Yesus Kristusminangka kamulyan lan pangalembananingAllah.

Paseksene Rasul Paulusnalika ana ing pakunjaran

1:12-2612Kang dakkarepake, para sadulur, supaya

kowe padha sumurup, manawa apa kangtumiba marang aku iki, malah wus ndadekakekamajuaning Injil, 13 satemah wus cethatumrap sakehing priyayi kraton lan wongliya-liyane kabeh, manawa aku dikunjaramarga saka Sang Kristus. 14Lan seduluring patunggilane Gusti kang akeh-akehwus kadunungan pracaya marga sakaanggonku dikunjara lan dadi luwih kendel

Page 834: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

FILIPI 1.15–23 3

sarta ora kalawan wedi anggonku ngalirakepangandikaning Gusti Allah. 15Ana wongmartakake Sang Kristus amarga drengki landhemen pasulayan, nanging ana uga kangngundhangake Panjenengane kalawan sedyakang becik. 16Wong iki padha martakakeSang Kristus marga saka tresna, awit padhangreti, manawa aku ana ing kene prelumbelani Injil, 17nanging liyane marga sakakabutuhane dhewe lan ora kanthi kekarepankang eklas, pangirane bisa ngundhakake abotekasangsaranku ana ing pakunjaran.18Nanging ora dadi apa, awit sanadyan

ta kapriye bae Sang Kristus kawartakake,apa kanthi sedya kang ala apa kanthi jujur.Tumrap iku aku bungah. Lan aku bakaltetep bungah, 19awit aku sumurup manawakawusanane iki kabeh iku karahayonku sababsaka pandongamu lan pitulunganing RoheGusti Yesus Kristus. 20Amarga kang bangetdakpengini lan dakarep-arep, yaiku yentumraping samubarang kabeh aku ora bakalkawirangan, nanging kayaa sing uwis-uwis,mangkono uga saiki, Sang Kristus kanthicetha kaluhurake ana ing badanku, dadiasrana uripku, utawa srana patiku. 21Awitmungguh ing aku urip iku Sang Kristus, denemati iku kabegjan. 22Nanging manawa akukudu urip ana ing donya iku, iku tumrapingaku ateges nyambut-gawe metokake woh.Dadi endi kang kudu dakpilih, aku ora bisangadhakake. 23Aku kapetek dening rongprakara: Aku kapengin lunga lan nunggal

Page 835: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

FILIPI 1.24–30 4

karo Sang Kristus -- iku pancen luwih deningbecik; 24nanging urip ana ing donya iki isihluwih prelu marga saka kowe kabeh. 25Lan ingsajroning kayakinan iki aku ngreti: aku isihbakal kasambungan umur lan urip bebarenganmaneh karo kowe kabeh, supaya kowe padhasangsaya maju lan bungah-bungah ana ingsajroning pracaya, 26 temahan ana ing SangKristus Yesus anggonmu mongkog sangsayamundhak marga saka aku, manawa nekanikowe maneh.

Pepeling supaya tetep mantep

1:27-3027Mung bae kalakuanmu kacundhukna karo

Injile Sang Kristus, supaya manawa aku tekaaku ndeleng, dene manawa aku ora teka akukrungu, yen kowe padha mantep atunggal rohlan saiyeg padha tumindak sakatoge kanggoiman kang tuwuh saka ing Injil 28kalawan orawedi babar pisan marang mungsuhmu. Ikumau kabeh tumraping mungsuh-mungsuhmudadi ngalamating karusakan, nanging tumrapkowe kabeh dadi ngalamating karahayon,lan iku tekane saka Gusti Allah. 29Amargakowe wus padha kaparingan sih ora mungsupaya pracaya marang Sang Kristus bae,nanging uga supaya nandhang sangsarakagem Panjenengane, 30padha tarung kayakang wus kokdeleng biyen ana ing aku, lankang saiki kokrungu mungguh ing aku.

Page 836: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

FILIPI 2.1–9 5

Pitutur supaya manunggal lanandhap asor kaya Sang Kristus

2:1-11

21Dadi sarehne ing sajroning Sang Kristusiku ana pepeling, ana panglipuring

katresnan, ana patunggilaning Roh, anasih-katresnan lan piwelas, 2mulane padhangganepana kabungahanku kalawanmangkene: dipadha sarujuk, tunggalkatresnan, tunggal budi, tungal sedya,3 sepi ing pamrih utawa pangalembana kangtanpa guna. Nanging kosokbaline kalawanandhap asor kang sji nganggepa marangsijine luwih utama tinimbang awake dhewe;4 lan saben wong aja mung mikir marangkabutuhane dhewe, nanging elinga ugamarang kabutuhaning liyan. 5 Ing sajroneanggonmu padha urip bebarenagn padhakadunungana pangangen-angen lan pangrasakang uga tinemu ana ing Sang Kristus Yesus,6kang sanadyan ngagem sipating Allah,ewadene anggone sajajar karo Gusti Allahiku ora kaanggep bab kang kudu dikekahi,7nanging malah wus nyuwungake sariranepiyambak, lan ngagem sipating abdi, sarta wusdadi padha karo manungsa. 8Apamaneh ingsajrone wujud manungsa iku Panjenenganewus ngasorake sarirane lan sumuyud ngantiseda ana ing kayu salib. 9 Iya iku sababeGusti Allah banget anggone banjur ngluhurakePanjenengane lan maringi asma marang

Page 837: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

FILIPI 2.10–17 6

Panjenengane ngungkuli sadhengahingjeneng, 10 supaya ana ing asmane Gusti Yesuskang ana ing langit lan kang ana ing bumi lankang ana ing sangisore bumi, padha jengkenga11 lan sakehing ilat padha ngakonana manawa“Gusi Yesus Kristus iku jumeneng Gusti”,murih kaluhuraning Gusti Allah, Sang Rama.

Tansah padha udinen karahayonmu

2:12-1812He para sadulur kang kinasih, kowe iku

tansah padha mituhu, mulane padha tansahudinen karahayonmu kalawan wedi langeter, ora mung kaya nalikane aku isih anaing tengah-tengahmu, nanging luwih-luwihsaiki ing wektu aku adoh karo kowe; 13awitiya Gusti Allah kang manut sakeparenge,nuwuhake iya kekarepan, iya panggawe anaing kowe. 14Lakonana samubarang kabehkalawan tanpa panggrundel lan suwala,15 supaya kowe ora padha kaciren lan orapadha cacad, padha dadi putraning GustiAllah kang tanpa cacad ing satengahinggolongan kang kablinger lan mblasar iki,satemah ana ing satengahing wong-wong ikukowe sumunar kaya lintang-lintang ing jagad,16kanthi ngadhemi sabdaning urip, supayaaku bisa mongkog ing dinane Sang Kristus,dene ora nglaha anggonku mbalap sartaora nglaha anggonku kangelan. 17Nangingsanadyan getihku kawutahake ana ing kurbanlan pangibadahing pracayamu, aku bungah,

Page 838: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

FILIPI 2.18–27 7

lan aku bungah bebarengan karo kowe kabeh.18Lan kowe iya padha bungaha mangkono, lanbungaha bebarengan karo aku.

Timoteus lan Epafrodhitus

2:19--3:1a19Nanging ana ing sajroning Gusti Yesus aku

kapengin endang bisaa kongkonan Timoteusnemoni kowe, supaya ayem atiku manawawis krungu bab kaananmu. 20Awit aku oraduwe wong liyane maneh kang tunggalbudi lan tunggal pangangen-angen lan kangtemen-temen nggatekake kabutuhanmu;21 sabab kabeh mburu kabutuhane dhewedudu kabetahane Sang Kristus Yesus. 22Kowerak wus padha ngreti bab kasetyane kangwus kateter lan manawa dheweke wus kayaanak marang bapakne anggone ngrewangiaku ing bab anggonku ngladeni Injil. 23 Iya ikukang tumuli arep dakkongkon, sawuse cethatumraping aku kapriye dadine prakaraku,24nanging ana ing Gusti aku ngandel, manawaaku dhewe uga bakal enggal teka.25Mung bae dakkira prelu aku kongkonan

Epafrodhitus marang kowe, yaiku sadulurkulan kanca nyambut-gawe sarta kancakuperang, kang kokkongkon nulungi aku ingbab kabutuhanku. 26Awit banget kangenemarang kowe kabeh lan uga prihatin margakowe krungu anggone lara. 27Pancen iya laratemenan nganti meh mati, nanging Gusti Allahparing kawelasan, lan ora mung dheweke bae,

Page 839: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

FILIPI 2.28–3.4 8

nanging uga aku, supaya kasusahanku ajatumpa-tumpa. 28Yaiku sababe aku sangsayaenggal-enggal kongkonan dheweke, supayasamangsa kowe ndeleng dheweke, padha bisabungah maneh lan sudaa prihatinku. 29Mulanetampanana ana ing patunggilaning Gustikalawan sarupaning kabungahan lan wongkang kaya mangkono iku padha ajenana.30Marga saka ayahane Sang Kristus dhewekemeh tinggal donya lan ngetohake nyawanekanggo ngganepi apa kang isih kurangsajroning anggonmu padha leladi marang aku.

31Wasana sadulur-sadulurku, padhabungaha ana ing patunggilane Gusti.

Kayekten kang sejati

3:1b-16(3-1b) Mindhoni nulis maneh bab iki marang

kowe iku tumraping aku ora abot lan awehkatamtuan marang kowe. 2Dipadha ngati-atimarang asu-asu, dipadha ngati-ati karowong-wong kang ala panyambut-gawene,dipadha ngati-ati karo juru netaki kang palsu.3Awit iya kita iki kang tetakan ing sabenere,kang padha ngabekti dening Rohe Gusti Allahlan nggunggung ana ing Sang Kristus Yesuslan ora ngandel marang prakara-prakarakadagingan 4 sanadyan aku uga duwedhasar kumandel marang prakara-prakarakadagingan.Yen ana wong liya rumangsa bisa ngandel

marang prakara-prakara kadagingan, aku

Page 840: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

FILIPI 3.5–13 9

iki luwih maneh: 5ditetaki ing dina kangkawolu, trahe bangsa Israel, saka talerBenyamin, wong Ibrani tulen, kawawassaka angger-anggering Toret aku wongFarisi, 6mungguhing kasregepan aku ikitukang nguya-uya pasamuwan, mungguhingkanyataan bab netepi angger-anggering Toretaku tanpa cacad. 7Nanging apa kang biyendadi kabegjan tumraping aku, saiki dakanggepkapitunan marga saka Sang Kristus. 8Malahsamubarang kabeh dakanggep kapitunan,marga wanuh marang Sang Kristus Yesus,Gustiku, iku mulyane ngungkuli kabeh-kabehmau. Iya marga saka Panjenengane iku akuwus mbuwang samubarang kabeh iku landakanggep larahan, supaya aku oleh SangKristus 9 lan dumunung ana ing Panjenenganeiku ora marga saka kabeneranku dhewe kangjalaran saka nglakoni angger-anggering Toret,ananging marga saka pracaya marang SangKristus, yaiku kabeneran peparinge Gusti Allahadhedhasar pracaya. 10Kang dakkarepakeyaiku wanuh marang Panjenengane landayane wungune lan manunggil ing sajronesangsarane, temahan aku dadi madha rupalan Panjenengane ana ing sedane, 11 supayawekasane aku oleh patangen saka ingantarane wong mati.12Ora kok kaya-kaya aku wus kadunungan

bab iki utawa wus sampurna, nanging ikudakburu, bokmanawa bisa kecandhak, awit akuiya wus dicandhak dening Sang Kristus Yesus.13Para sadulur, aku dhewe ora rumangsa

Page 841: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

FILIPI 3.14–21 10

manawa aku wus bisa nyekel, 14nanging ikikang daklakoni: kalawan nglalekake apa kangwus ana ing buriku lan manglung marang apakang ana ing ngarepku, aku mburu marangtujuan supaya oleh ganjaran, yaiku timbalankaswargan kang saka ing Gusti Allah ingsajrone Sang Kristus Yesus.15Awit saka iku ayo kita, kang padha

sampurna iki duwea pamikir mangkono. Lanmanawa tumrap ing salah sawijining prakarapanemumu seje, Gusti Allah kang bakalnyethakake prakara iku marang kowe. 16Mungbae apa kang wus kita gayuh iku kita terusnametu ing dalan kang wus kita liwati.

Pitutur-pitutur marang pasamuwan

3:17--4:117Para sadulur, padha nulada marang

aku lan ngiloa marang wong kang lakunepadha kaya aku kabeh, kang padha daditetuladhanmu. 18Awit, kaya kang wus kerepbanget dakkandhakake marang kowe kabeh,lan kang saiki dakpratelakake maneh kalawannangis, akeh wong kang uripe dadi satruningsalibe Sang Kristus. 19Wekasane wong-wongiku nemahi karusakan, kang dadi allahewetenge, kang dadi kamulyane kanisthane,pangangen-angene mung tumuju marangprakara kadonyan. 20Sabab kita iki warganeKratoning Swarga lan saka kono uga kitanganti-anti Gusti Yesus Kristus kang dadi JuruSlamet, 21kang bakal nyantuni badan kita

Page 842: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

FILIPI 4.1–7 11

kang nistha iki, temahan dadi madha rupakaro sarirane kang mulya, manut panguwaosekang bisa nelukake samubarang kabeh marangPanjenenane.

41Awit saka iku sadulur-sadulurku kangdaktresnani lan kang dakkangeni, kang

dadi kabungahanku lan makuthaku, padhadisantosa ana ing Gusti, he sadulur-sadulurkukang kinasih.

Pitutur-pitutur wekasan

4:2-92Euodhia dakpituturi lan Sintikhe iya

dakpituturi, dipadha golong-gilig ana ingGusti. 3Lan aku uga duwe panjaluk marangkowe, Sunsugos, kancaku kang tumemen:iku padha tulungana. Awit wong iku wuspadha tarung bebarengan karo aku anaing pakabaran Injil, sarta bebarengan karoKlemens lan kanca-kancaku nyambutgaweliyane, kang jenenge padha kapacak ana ingbuku kauripan.4Padha tansah bungah-bungaha ing sajroning

Gusti! Dakpindhoni maneh pituturku: Padhabungah-bungaha! 5Kabecikanmu ikudisumurupana ing wong kabeh. Gusti wuscelak! 6Aja padha nyumelangake bab apa bae,nanging padha lairna sakehing pepenginanmumarang Gusti Allah ing pandonga lanpanyuwun kalawan caos sokur. 7Temahantentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah,kang ngungkuli saliring budi, bakal rumeksa

Page 843: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

FILIPI 4.8–15 12

marang ati lan pangangen-angenmu ana ingSang Kristus.8Wasana, sadulur-sadulur, sabarang kang

nyata, sabarang kang luhur, sabarang kangadil, sabarang kang suci, sabarang kangsinebut kautaman lan pantes dialem, iku kabehpadha pikiren. 9Lan apa kang wus padhakoksinau lan kang koktampani, lan kokrungusarta kokdeleng ana ing aku, iku lakonana;temahan Gusti Allah etuking tentrem-rahayubakal nunggal karo kowe kabeh.

Rasul Paulus paring tarima kasih ing babpisungsunge sadulur pasamuwan Filipi

4:10-2010Aku bunagh banget ing sajrone Gusti,

dene wusanane angen-angen lan pangrasamutumrap aku tuwuh maneh. Kowe pancentansah padha migatekake, nanging ora anakobermu. 11Bab iki dakkandhakake ora margakacingkrangan, awit aku wus sinau nyukupiawakku dhewe ing sadhengahing kaanan.12Aku ngreti kacingkrangan iku apa lan iyangreti kaluberan iku apa. Ing sadhengah bablan ing sadhengah prakara ora ana kangwinadi tumrap aku; ing bab kawaregan,ing bab kaluwen, ing bab kaluberan apaing bab kekurangan. 13Sakehing prakarabisa daksangga ana ing Panjenengane kangparing kakuwatan marang aku. 14Nanging iyaprayoga tumindakmu, dene kowe wus padhamelu ing karibedanku. 15Lan kowe dhewe

Page 844: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

FILIPI 4.16–23 13

uga padha sumurup, he wong-wong Filipi,nalikane aku miwiti ngabarake Injil, nalikaneaku mangkat saka ing tanah Makedhonia, oraana pasamuwan siji-sijia kang etung-etungankaro aku bab mlebu-metuning dhuwit, kajabakowe. 16Amarga ana ing kutha Tesalonikapisan pindho kowe wus ngirimake pitulunganmarang aku. 17Mung bae kang daklengakedudu paweweh iku, nanging wohe, kangsangsaya nggedhekake kauntunganmu.18Saiki aku wus tampa kabeh kang prelu sakakowe, malah luwih saka iku, aku kaluberan,awit aku wus tampa kirimanmu lumantarEpafrodhitus, pisungsung kang arum, korbansesaosan kang nengsemake lan ndadekakerenaning Allah. 19Gusti Allahku bakal nyekapikabeh kabutuhanmu laras karo kasugihaningkamulyane ana ing Sang Kristus Yesus.20Gusti Allah iya Rama kita kaluhurna ingsalawas-lawase! Amin.

Salam

4:21-2321Salamku marang saben wong suci ana

ing Sang Kristus Yesus. Salam marang kowesaka sadulur-sadulur kang bebarengan karoaku. 22Salam marang kowe saka sakehingpara suci, luwih maneh saka kang klebu paraabdine Sang Prabu.23Sih-rahmate Gusti Yesus Kristus anaa ing

rohmu kabeh!

Page 845: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

KOLOSE

Salam

1:1-2

11Saka Paulus, rasule Gusti Kristus Yesus,kang marga dening karsane Gusti Allah,

lan saka sadulur kita Timoteus, 2marangpara sadulur kang suci lan kang pracaya anaing patunggilane Gusti Kristus, kang ana ingKolose.Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti

Allah Rama kita, anaa ing kowe kabeh.

Pamuji sokur lan pandonga

1:3-143Aku tansah padha saos sokur marang

Gusti Allah, Kang Ramane Gusti kita YesusKristus, lan ora pegat tansah ndongakakekowe, 4awit aku wus padha krungu babpracayamu ana ing Gusti Kristus Yesus,mangkono uga bab katresnanmu marang parasuci, 5kagawa saka pangarep-arep marangapa kang wus digadhangake marang koweana ing swarga. Mungguh pangarep-arepmau ing sadurunge wus kokrungu saka ingPangandikaning kayekten yaiku Injil, 6kangwus padha koktampani. Injil mau metokakewoh lan mekar nyrambahi ing sajagad,

Page 846: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

KOLOSE 1.7–14 2

malah iya tekan ing antaramu wiwit ing dinaanggonmu krungu lan mangreti temenanmarang sih-rahmate Gusti Allah. 7Sakabeheiku mau sumurupmu saka Epafras kancakuleladi kang daktresnani, kang tumrap ingkowe dadi paladose Gusti Kristus kang setya.8 Iya dheweke iku kang martani aku babkatresnanmu ana ing patunggilane Roh.9Marga saka iku, wiwit aku oleh pawarta

mau, ora pegat anggonku ndongakake kowe.Kang daksuwun supaya kowe kaparinganasakabehing kawicaksanan lan kawruhkasukman kanggo nyumurupi bab karsanePangeran kang kalawan sampurna, 10 temahuripmu ana ing ngarsane bisa kalawansapatute lan ndadekake keparenge tumrapsadhengah prakara, lan sajrone nindakakesakabehing panggawe becik bisa metokakewoh, lan maneh saya mundhak murnikawruhmu ing bab Gusti Allah, 11 lan manehkowe padha kasantosakna sarana kakuwatanpanguwasaning kamulyane Pangeran, supayabab anggonmu ngrasakake samubarang kabehkalawan tumemen lan sabar. 12Sabanjurepadha saosa sokur kanthi bungah marangSang Rama, kang wus memantes marangkowe bisane kapanduman apa kang wuskatamtokake tumrap marang para suci kangana ing kratoning pepadhang. 13Panjenenganewus ngluwari kita saka panguwasaningpepeteng, kaelih menyang kratone Sang Putrakang kinasih. 14Ana ing Panjenengane anggon

Page 847: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

KOLOSE 1.15–21 3

kita nduweni tetebusan, yaiku pangapuraningdosa.

Bab pinunjule Gusti Kristus

1:15-2315Panjenengane iku citrane Gusti Allah

kang ora katingal, kang pambayun, kangluwih pinunjul tinimbang samubarangkabeh kang dititahake, 16marga dumadinesamubarang kabeh iku dening Panjenengane,iya kang ana ing swarga, iya kang anaing bumi, kang kasat mripat, lan kangora kasat mripat, dadia awujud dhampardadia kaprabon, apadene para pamarentahlan para panguwasa; samubarang kabehkatitahake dening Panjenengane lan lumadimarang Panjenengane; 17Panjenengane ikuanane sadurunge samubarang kabeh ana,lan samubarang kabeh iku anane ana ingPanjenengane; 18Panjenengane iku jumenengdadi sesirahing sarira, yaiku pasamuwan.Panjenengane dadi pambayun, kang ndhisikiwungu saka ing antarane wong mati, mulanekasebut pinunjul piyambak ing antaranesamubarang kabeh. 19Marga kawontenaneAllah ing sawetahe kepareng dedalem anaing Panjenengane, 20kang ngrukunakesamubarang kabeh karo sarirane, kang ana ingbumi lan kang ana ing swarga; yaiku sawusengawontenake pirukun sarana rohe GustiKristus kang sinalib. 21Mangkono uga kowekabeh kang maune urip adoh karo Gusti Allah,

Page 848: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

KOLOSE 1.22–27 4

sajroning ati lan pikiranmu lumawan marangPanjenengane, kacihna saka panggawemukang ala, 22 saiki wus dirukunake ana ingsarirane kadagingan Gusti Kristus saranasedane, supaya kowe padha tinemu sucitanpa cacad lan resik anggonmu kasowanakeana ing ngarsane. 23Marga saka iku kowekudu padha mantep ing pracaya, tetepsantosa ora keguh, lan aja nganti nylewengsaka ing pangarep-areping Injil kang wuspadha kokrungu, lan wus kagelarake ana ingsalumahing bumi sakurebing langit, lan akuiki, Paulus, kang wis dadi paladose.

Bab leladi lan sangsarane Rasul Paulus

1:24--2:524Saiki aku bungah dene aku ketaman

sangsara kang marga saka kowe, lan aku kangngganepi ana ing dagingku kakuranganingsangsarane Gusti Kristus tumrap ing sarirane,yaiku pasamuwan. 25Aku wus dadi paladosepasamuwan iku nyondhongi bubuhan kangdiparingake dening Gusti Allah marangaku, yaiku nglantarake sabdane kalawansakatoge marang kowe, 26yaiku wewadikang sumimpen sajroning pirang-pirangjaman lan turun-tumurun, nanging kanging saiki wus kalairake marang para sucikagungane. 27 Iku padha diparingi sumurupsapira kaluwihaning kamulyane wewadi mauana ing antarane para bangsa liya, yaiku:Gusti Kristus ana ing tengahmu, iya ana ing

Page 849: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

KOLOSE 1.28–2.5 5

Sang Kristus iku dununge pangarep-arepmarang kamulyan. 28 Iya Panjenengane ikukang dakwartakake samangsa aku padhamituturi lan mulang saben wong bab sarupanekawruh kanggo nuntun saben wong marangkasampurnan kang ana ing Gusti Kristus,29 iku kang dakprasudi lan daktempuhkalawan sakabehing kakuwatan laras karopanguwasane Gusti kang makarya ana ing akukalawan kuwat.

21Amarga karepku, supaya kowe padhasumurupa, sapira abote perang kang

daktindakake kanggo kowe lan para wongkang ana ing Laodhikia, lan iya kanggo sapabae kang durung tau weruh marang pribadikutata lair, 2 supaya padha lipura atine, lan padhamanunggal sajroning katresnan, satemah bisanyandhak kasugihaning kawruh kanthi yakinlan nyumurupi kekerane Gusti Allah yaikuGusti Kristus, 3 sabab ana ing Panjenenganesumimpene raja-brana kawicaksanan lankawruh. 4Bab iki daklairake marang kowe,supaya aja nganti ana wong kang mblithukkowe nganggo pitembungan kang endah.5Sabab sanadyan aku dhewe ora ana ingtengahmu, nanging ana ing sajroning rohaku lan kowe padha tetunggalan, lan akurumangsa bungah nyumurupi tumataninguripmu lan kasantosaning pracayamu marangGusti Yesus.

Page 850: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

KOLOSE 2.6–13 6

Kasampurnaning uripana ing Gusti Kristus

2:6-156Kowe wus padha nampani Gusti Kristus

Yesus, Gusti kita, mulane uripmu tetepaana ing Panjenengane, 7dinganti ngoyod lankabangun, ana ing Panjenengane, muga kowesaya wuwuh kasantosanmu ana ing pracayakang wus diwulangake marang kowe, lanmuga atimu kebak panuwun.8Diprayitna, aja nganti ana kang nawan

kowe nganggo ngelmu rerekan lan piwulangpalsu kang tanpa isi manut wulange ila-ila lanroh-rohing jagad, kang ora manut marangGusti Kristus. 9Panjenengane iku kadununganKaallahan sawetahe kang kasarira, 10 lankowe wus padha kapenuhan ana ingPanjenengane, kang jumeneng sesirahesarupaning pamarentah lan panguwasa.11Ana ing Panjenengane anggonmu padhakatetakan, dudu tetak kang katindakakedening manungsa, nanging sarana supite GustiKristus kang awujud pangrucating badan kangkadosan, 12marga ana ing Panjenengane kowepadha ndherek kakubur sarana baptis, lanana ing Panjenengane ndherek katangekakedening pracayamu marang panguwasapakaryane Gusti Allah, kang wus ngwungokakePanjenengane saka antarane wong mati.13Mangkono uga kowe, sanadyan ing maunekowe padha mati dening panerakmu lan ora

Page 851: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

KOLOSE 2.14–19 7

tetak sacara lair, wus diuripake dening GustiAllah bareng lan Panjenengane, yaiku sawusePanjenengane ngapura sakehing panerakkita, 14 sarana nyirnakake layang pratandhautang, kang adhedhasar undhang-undhangkang ndakwa lan ngancam marang kita. Deneiku wus dilebur sarana kapaku ana ing kayusalib. 15Panjenengane wus mblejedi parapamarentah lan para panguwasa, lan padhakadadekake pangewan-ewan, amarga wuspadha dikalahake.

Ngupayaa bandha kang ana ing ngaluhur

2:16--3:416Sarehne mangkono aja nganti ana

wong kang ngukumi kowe bab manganlan ngombe, utawa bab dina riyaya, sasianyar lan dina Sabat. 17Sabab iku kabehmung dadi wewayangane apa kang bakalkalakon, mangka wujude yaiku Gusti Kristus.18Aja nganti kaunggulanmu iku diwurungakedening wong kang rewa-rewa andhap-asorlan memuja marang malaekat, lan manehngaku-aku ndeleng marang kaanan kangora katon, apadene tanpa waton anggonegumunggung dening pamikire kang carakadonyan, 19mangka dheweke ora ngugemimarang Sesirah, kang dadi jalarane badansakojur saya mundhak marga saka sawabingAllah, sabab katuwak lan tinalenan dadi sijidening urat lan ros-rosan.

Page 852: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

KOLOSE 2.20–3.5 820Yen kowe wus ndherek mati ana ing sedane

Gusti Kristus, lan luwar saka para rohingjagad, yagene kowe kok isih nurut marangpranatan rupa-rupa, kang ing semu kayadenekowe isih padha urip ana ing donya, 21kayata:aja ndhemek iki, aja ngicipi kuwi, aja nyenggoliki, 22kabeh iku mung tumrap barang kangkena ing rusak sajrone kagunakake, lan mungnuruti piweling lan piwulange manungsa.23Pranatan-pranatan mau sanadyan ing semukebak isi kawicaksanan, nganggo pangibadahrerekane dhewe, kayata: andhap-asor,nyiksa-awak, iku ora ana paedahe kajabamung kanggo pamareming urip kadonyan.

31Marga saka iku yen kowe wus padhandherek katangekake kalawan Gusti

Kristus, padha ngupayaa sabarang kang anaing ngaluhur, ing papan pinarake Gusti Kristusing satengene Gusti Allah. 2Padha nggateknaprakara kang ana ing ngaluhur aja kang anaing bumi. 3Sabab kowe wus padha mati lanuripmu iku sinengker kalawan Gusti Kristus,ana ing Gusti Allah. 4Yen Gusti Kristus kangdadi urip kita iku ing tembe ngatingal, koweiya bakal padha ndherek ngaton kalawanPanjenengane ana ing kamulyan.

Bab kamanungsan kang anyar

3:5-175Mulane kowe padha matenana samubarang

kang asipat kadonyan kang ana ing awakmu,yaiku laku jina, tindak rusuh, hawa nepsu,

Page 853: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

KOLOSE 3.6–16 9

kapencut, mangkono uga budi kethaha, kangdadi ewone panyembah brahala, 6kabeh ikunekakake bebendune Gusti Allah (marang parawong duraka). 7 Ing maune kowe iya padhanglakoni mangkono iku nalika kowe isih padhangraketi marang iku. 8Nanging saiki kabehmau buwangen, yaiku nepsu, brangasan,piala, pitenah lan tembung-tembung sarukang kawetu saka cangkemmu. 9Aja ngantikowe padha goroh-ginorohan maneh, margakowe wus padha ngrucat kamanungsanlawas sapratingkahe, 10 lan wus ngrasukkamanungsan anyar kang tansah binangun,supaya oleh kawruh sanyata kang miturutcitrane Kang Nitahake; 11 ing kono wus oraana wong Yunani utawa Yahudi, wong tetakanlan wong ikutan, wong Barbar utawa wonSkit, batur tukon utawa mardika, nangingGusti Kristus iku kang ngabehi lan ana ingsamubarang kabeh.12Mulane sarehne kowe wus padha dadi

pepilihane Gusti Allah, kang wus kasucekakelan kinasihan, padha nyandhanga asih welas,kaloman, andhap-asor, alusing bebuden lansabar. 13Padha sabar-sinabarana kayadeneGusti Allah anggone wus ngapura kowe, koweiya tumindaka mangkono uga. 14Lan kangngungkuli sakabehe iku: nindakna katresnan,iku kang ngesuhi lan nyampurnakake. 15Mugatentrem-rahayune Gusti Kristus ngereh anaing sajroning atimu, marga iya kaya mangkonoiku anggonmu padha katimbalan dadi badansiji. Sarta saosa sokur. 16Muga pangandikane

Page 854: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

KOLOSE 3.17–23 10

Sang Kristus dumunung ana ing antaramukalawan luber, satemah anggonmu padhawuruk-winuruk lan eling-ingelingake nganggosakehing kawicaksanan apadene sinambinglagokake masmur lan puji-pujian sartakidung kasukman, kowe padha saos sokurmarang Gusti Allah sajroning atimu. 17Lansadhengah apa kang koktindakake kalawantembung utawa kalawan panggawe, iku kabehlakonana atas asmane Gusti Yesus, kambiasaos sokur marang Gusti Allah, Rama kitalumantar Panjenengane.

Pepacak kanggo brayat

3:18--4:618He, para wong wadon, padha sumuyuda

marang somahmu, dikaya sapatute ana ingpatunggilane Gusti.19He, para wong lanang, bojomu tresnanana

lan aja nganti kokkasari.20He, bocah-bocah, padha manut-mituruta

marang wong tuwamu ing sadhengah prakara,sabab iku ndadekake keparenge Gusti. 21He,para bapa, aja nglarakake atine anakmu,supaya aja nganti semplah.22He, para batur, mituhua marang

bandaramu kadonyan ing sadhengah prakara,aja mung ana ing sapangarepan anggonmugawe senenge, nanging diklawan tulusingati kang marga saka wedi marang Gusti,23 lan sadhengah apa kang koktindakake ikutindakna kalawan terus ing batin kayadene

Page 855: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

KOLOSE 3.24–4.8 11

kagem Gusti, ora kanggo manungsa. 24Kowewus padha sumurup, yen Gusti bakal maringipanduman kang wus ditamtokake minangkaganjaranmu. Gusti Kristus iku bandara, lankowe dadi abdine. 25Sing sapa gawe luput, ikubakal nyangga kaluputane, marga Gusti oramawang wong.

41He, para bandara, tumindaka adil lanjujur marang baturmu, elinga yen kowe

uga duwe bandara ana ing swarga.2Sing tegen ndedonga, lan sajrone mangkono

iku meleka kambi saos sokur. 3Aku kabeh iyadongakna, supaya Gusti Allah maringi dalantumrap anggonku padha nyebar pangandika,lan bisa nyaritakake bab kekerane GustiKristus, kang njalari anggonku kinunjara.4Sarana mangkono iku aku bisa njlentrehakebab mau ing samesthine.5Tumindaka kanthi sakehing kawicaksanan

tumrap wong jaba, sarta padha nggemenanawektu. 6Calathumu sing tansah kebakkatresnan, aja cemplang, satemah kowesumurup, kapriye anggonmu bakal mangsulipitakone saben wong.

Panutup lan salam

4:7-187Bab kaananku sakabehe bakal diwartakake

marang kowe kabeh dening Tikhikus, sadulurkita kang kinasih, abdi kang setya lan kancaleladi ana ing Gusti. 8Dheweke dakkongkonnemoni kowe supaya kowe nyumurupi

Page 856: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

KOLOSE 4.9–16 12

kaananku kabeh lan supaya nglipur atimu.9Lakune dakkantheni Onesimus, sadulurkita kang setya lan kinasih, wong saka ingantaramu, iku bakal padha martakake marangkowe samubarang kabeh kang kalakon ana ingkene.10Salam marang kowe saka Aristarkhus,

kancaku kinunjara, lan saka Markuskaponakane Barnabas -- tumrap dhewekekowe rak wus tampa welingan -- iku yennekani kowe tampanana. 11Lan salam sakaYesus kang apeparab Yustus. Saka antaranepara wong tetakan, iya mung wong telu ikurewangku nyambut-gawe kagem KratoneGusti Allah; iku padha ndadekake lipuringatiku. 12Salam saka Epafras marang kowe,dheweke asline saka ing antaramu, iku abdineGusti Kristus Yesus, kang tansah ngganteranggone ndongakake kowe, supaya kowetetep tanggon, kayadene wong-wong kangdiwasa lan kang yakin temenan marang apakang dadi karsane Gusti Allah. 13Tumrapdheweke aku bisa aweh paseksi, bab anggonengetog kekuwatan kanggo kowe lan para wonging kutha Laodhikia lan ing kutha Hierapolis.14Salam marang kowe saka Lukas, dokterkang kinasih lan saka Dhemas.15Salamku marang para sadulur ing kutha

Laodhikia; uga marang Nimfa lan pasamuwankang ana ing omahe. 16Sarta manehsamangsa layang iki wus diwacakake ana ingantaramu, arahen supaya diwacakake uga anaing pasamuwan Laodhikia, lan layang kang

Page 857: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

KOLOSE 4.17–18 13

marang Laodhikia supaya uga diwacakake anaing ngarepmu. 17Lan Arkhipus kandhananamangkene: Poma gatekna, kwajiban leladi,kang wus koktampani ing sajroning Gusti ikusupaya kok tetepana kalawan samesthine.18Salam saka aku Paulus. Salam iki daktulis

nganggo tanganku dhewe. Elinga yen akudiblenggu. Sih-rahmat anaa ing kowe.

Page 858: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 TESALONIKA

Salam

1:1

11Saka Paulus, Silwanus lan Timoteusmarang pasamuwane wong-wong ing

Tesalonika, kang ana ing Allah Sang Rama lanana ing Gusti Yesus Kristus. Sih-rahmat lantentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh.

Wohing pakaryane Rasul Paulus

1:2-102Aku tansah padha saos sokur marang Gusti

Allah marga saka kowe kabeh kalawan ngelingikowe ana ing sajroning pandongaku. 3Sababaku tansah padha eling marang pagaweaningpracayamu, pambudi-dayaning katresnanmusarta kaantepaning pangarep-arepmu marangGusti kita Yesus Kristus ana ing ngarsaneGusti Allah lan Rama kita. 4Sarta aku padhasumurup, he para sadulur kang kinasihan ingAllah, yen Panjenengane wus milih marangkowe kabeh. 5Awit Injil kang kita wartakakeiku, ora mung kalantarake marang kowe kabehkalawan temung thok, nanging uga kalawandaya kakuwatan lan ana ing Sang Roh Sucisarta kalawan katamtuan sakatoge, kaya kangwus padha koksumurupi, kapriye anggonku

Page 859: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 TESALONIKA 1.6–2.2 2

padha tumindak ing gawe ana ing antaramumarga saka kowe. 6Lan kowe wis padhadadi panganutku kabeh sarta panganuteGusti; sajrone nandhang sangsara kangabot anggonmu padha nampani pangandikakalawan kabungahan kang saka ing Sang RohSuci, 7 satemah kowe padha dadi tetuladhantumrap kabeh wong pracaya ing tanahMakedhonia lan ing tanah Akhaya 8Amargangumandhanging pangandikane Gusti saka ingantaramu ora mung ana ing tanah Makedhonialan Akhaya bae, nanging ana ing ngendi-endiwus misuwur pracayamu marang Gusti Allah,mulane aku kabeh wis ora usah ngandhakakebab iku. 9Sabab wong-wong wis padhanyritakake dhewe mungguh ing ngatase akusakanca kapriye anggonmu padha nampaniaku kabeh sarta anggonmu padha ninggalbrahala-brahala lan banjur mratobat marangGusti Allah tuwin leladi marang Gusti Allahkang gesang lan sajati, 10apadene nganti-antirawuhe Kang Putra saka ing swarga, kang wusdiwungokake saka ing antarane wong mati,yaiku Gusti Yesus, kan ngluwari kita saka ingbebendu kang bakal teka.

Anggone Rasul Paulusleladi ana ing Tesalonika

2:1-12

21Kowe dhewe iya wus padha sumuruppara sadulur, yen anggonku padha teka

ana ing antaramu iku ora nglaha. 2Ananging

Page 860: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 TESALONIKA 2.3–8 3

sanadyan ing maune, kaya kang wus padhakoksumurupi, aku padha dikaniaya lan disiya-siya ana ing kutha Filipi, ewadene marga sakapitulunganing Allah kita, aku kabeh padhaoleh kakendelan anggonku padha ngabarakeInjiling Allah marang kowe kabeh ana ingsajroning pakewuh kang abot. 3Amarga kangpadha dakpituturake iku pinangkane ora sakaing panasaran utawa saka ing kekarepan kangora murni sarta uga ora kaworan ing kaculikan.4Kosokbaline, sarehne Gusti Allah wus nggalih,yen aku kabeh pantes kapitayanan Injil, iyamarga saka iku mulane anggonku padharembugan iku ora amrih senenging manungsa,nanging supaya ndadekake keparengingpanggalihe Gusti Allah, kang neter ati kita.5Awit kowe padha sumurup, yen aku padhaora tau nandukake tembung manis, utawanganggo budi kethaha kang kaalingan,iki Gusti Allah kang nekseni, 6 sarta orapadha ngarah pangalem saka ing manungsadadia saka kowe utawa saka wong-wongliya, sanadyan aku padha bisa tumindakmangkono, jalaran aku iki padha rasule SangKristus. 7Nanging kalawan rumaket anggonkupadha pitepungan ana ing tengahmu, wiskaya patrape biyung anggone ngemong lanngopeni anake. 8Kaya mangkono anggonkupadha nindakake katresnan kang gedhemarang kowe kabeh, satemah kalawan legawaanggonku padha mandumi marang kowe orangemungake Injiling Allah bae, nanging ugauripku kabeh, jalaran kowe kabeh padha

Page 861: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 TESALONIKA 2.9–14 4

daktresnani. 9Awit mesthine kowe isih padhakelingan, para sadulur, marang kangelan lanrekasaku kabeh. Anggonku padha nggelarakeInjiling Allah marang kowe iku, supaya ajangreribedi wong sawiji-wijia panunggalanmu,padha dakkantheni nyambut-gawe rina wengi.10Kowe padha dadi seksi, samono uga GustiAllah, kapriye anggonku padha alaku saleh,adil lan tanpa cacad ana ing antaramu, kangpracaya. 11Kowe padha sumurup, kapriyeanggonku padha mituturi marang kowenyantosake atimu dhewe-dhewe kayadenebapa marang anak-anake, 12 sarta anggonkupadha ngudi kalawan banget-banget, supayakowe kabeh padha urip laras karo karsaneGusti Allah, kang nimbali kowe marangKratone lan kamulyane.

Karenan ing bab kaananing pasamuwan

2:13-2013Awit saka iku aku iya tansah padha saos

sokur marang Gusti Allah, dene pangandikaneGusti Allah kang padha dakwartakakemarang kowe iku wus padha koktampani,ora kokanggep pituturing manungsa, nanging-- lan iki pancen iya nyata mangkono --kokanggep sabdaning Allah, kang ugamakarya ana ing kowe kang padha pracaya.14Sabab kowe, para sadulur, wis padhangleluri pasamuwan-pamsamuwaning Allahing tanah Yudea, kang ana ing patunggilaneGusti Kristus Yesus, awitdene kowe uga

Page 862: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 TESALONIKA 2.15–20 5

wus padha nandhang sangsara marga sakapanggawene wong-wong kang tunggal bangsakaro kowe, paha kaya pasamuwan ing konomarga saka panggawene wong-wong Yahudi.15Malah wong-wong Yahudi mau wus nyedaniGusti Yesus lan para nabi apadene wusnganiaya marangaku kabeh. Apa kang dadikeparenging Allah ora padha dipreduli sartakabeh wong padha dimungsuh, 16awit padahngalang-alangi anggonku padha nggiyarakepangandika marang bangsa-bangsa liyasupaya oleh karahayon. Dadine padha tansahngundhaki dosane sakatoge, lan saiki padhaketaman ing bebendu tumeka ing wekasan.17Nanging aku kabeh, para sadulur, kang

wus sawatara mangsa pisah karo kowemungguh ing katone, nanging mungguh ingati ora, padha kangen banget karo kowetemenan lan wis mbudi-daya bisane nilikikowe. 18Amarga niyatku kabeh arep nekanikowe, -- aku, Paulus, malah ora mungsapisan bae -- nanging padha kapalangandening Iblis. 19Sabab sapa ta yen dudu kowekang dadi dununging pangarep-arep lankabungahanku kabeh, apadene makutha kangpadha dakagungake ana ing ngarsane GustiYesus, Gusti kita, besuk ing dina rawuhe?20Sanyata kowe iku kang dadi kamulyan lankabungahanku kabeh.

Page 863: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 TESALONIKA 3.1–6 6

Timoteus nggawa kabar becik

3:1-13

31Kang iku sarehne aku kabeh wus orakuwat mbetahake kangenku mau, mulane

banjur mutus ana ing kutha Atena bae dhewe.2Aku banjur padha kongkonan Timoteus,sadulur kang mbiyantu aku kabeh anggonkupadha nyambut-gawe kagem Gusti ingbab martakake Injile Sang Kristus, supayanyantosakake atimu lan mituturi kowe kabeing bab pracayamu, 3 supaya aja ana wongkang goyang pracayane marga saka anggonenandhang kasusahan-kasusahan iki. Kowedhewe padha sumurup, yen kita iki padhakagadhangake mangkono. 4Amarga, uganalika aku isih padha ana ing antaramu, kowewus padha dakkandhani, yen kita bakal padhangrasakake sangsara. Sarta bab iki, kayakang wus koksumurupi, wus kalakon. 5 Iya ikusababe, mulane marga saka ora bisa betahmaneh, aku nuli padha kongkonan dheweke,supaya aku padha sumurup bab pracayamu,jalaran aku kuwatir, manawa kowe wis padhacinoba dening si panggdoha sarta manawapambudi-dayaku kabeh banjur dadi tanpaguna. 6Nanging saiki, bareng Timoteus wisbali saka ing panggonanmu kalawan nggawakabar kang mbungahake bab pracayamu lankatresnanmu, apadene bab anggonmu padhatansah kelingan marang apa-apa kang beciking ngatase aku lan bab anggonmu kapengin

Page 864: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 TESALONIKA 3.7–4.1 7

katemu karo aku, kayadene anggonku ugapadha kapengin katemu karo kowe, 7dadine,para sadulur, ana ing sajroning karupekanlan kasangsaran, aku padha kalipur margasaka kowe lan marga saka pracayamu. 8Saikiaku padha ngrasa urip maneh, anggere kowepadha tetep ana ing Gusti. 9Amarga apata kang kena padha dakcaosake marangAllah minangka panuwun ing bab sakehingkabungahan, kang wus padha koktampanimarga saka kowe kabeh ana ing ngarsaneAllah? 10Rina wengi aku padha ndedongakalawan mantheng, supaya bisaa ketemukaro kowe lan nyampurnakake kakuranganingpracayamu. 11Muga-muga Panjenengane,Gusti Allah iya Rama kiat, sarta Gusti Yesus,Gusti kita, karsa paring margane aku padhabisa katemu karo kowe. 12Sarta maneh,muga Gusti karsa ndadekake saya wuwuhingkatresnanmu nganti luber marang padhasadulur lan marang wong kabeh, padha kayaanggonku iya padha nresnani kowe. 13MugaPanjenengane karsaa nyantosakake atimu,supaya tanpa cacad lan suci ana ing ngarsaneGusti Allah iya Rama kita besuk samangsaGusti Yesus, iya Gusti kita, rawuh ginarebeging sakehe para suci kagungane.

Pitutur supaya laku suci

4:1-12

41Wasana, para sadulur, panjaluk lanpangatagku kabeh marang kowe ana ing

Page 865: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 TESALONIKA 4.2–10 8

patunggilane Gusti Yesus: Kowe wus padhakrungu saka aku, kapriye kudune lakumusupaya ndadekake keparenging Allah. Bab ikupancen wus padha koktindakake, ewasamonoprayogane kowe sayaa luwih tumemenanggonmu padha tumindak mangkono. 2Koweuga wus padha mangreti marang pituduh-pituduh kang wus padha dakwenehake marangkowe awit saka asmane Gusti Yesus. 3Amargakang dadi karsane Gusti Allah iku: kasucenmu,yaiku supaya kowe padha nyingkiri laku jina;4 saben wong panunggalanmu ngalapa wongwadon siji dadi bojone dhewe sarta uriping sajroning kasucen lan kasusilan, 5oramarga saka derenging hawa-nepsu, kayadenetumindaking won kang ora wanuh marangGusti Allah, 6apamaneh ing bab iki wong ajatumindak ora becik utawa ngapusi sadulure.Amarga Pangeran iku kang bakal malesake ikukabeh, kaya kang wus padha dakkandhakakelan daktandhesake marang kowe. 7Awit GustiAllah anggone nimbali kita iku ora supayaalaku rusuh, nanging supaya nindakake apakang suci. 8Mulane sing sapa nampik bab iki,iku ora nampik manungsa, nanging nampikmarang Gusti Allah kang uga wus maringakeRohe kang suci marang kowe kabeh. 9Babkatresnaning pasaduluran ora prelu daktulis,awit kowe dhewe wus padha kawulangtresna-tinresnan dening Pangeran. 10Bab ikuuga koktindakake marang kabeh sadulur ingsaindenging tanah Makedhonia. Ewadene,para sadulur, aku padha mrayogakake, supaya

Page 866: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 TESALONIKA 4.11–16 9

kowe saya ngepengna anggonmu tumindakmangkono. 11Apadene anggepen sawijiningkaurmatan manawa bisa urip tentrem, bisangurus prakara-prakaramu dhewe, sartabisa nyambutgawe kalawan tananmu, kayakang wus padha dakwelingake marang kowekae. 12Satemah uripmu katon susila anaing ngarepe wong-wong ing jaba sarta oragumantung marang wong-wong mau.

Bab rawuhe Gusti

4:13-1813Anadene karepku, para sadulur, kowe

aja padha ketambuhan bab para wongkang wis ngajal, supaya kowe aja padhaprihatin kaya wong-wong liya kang oraduwe pangarep-arep. 14Amarga yen kitapracaya, manawa Gusti Yesus wus seda lanwus kawungokake, kiat iya pracaya, yenwong-wong kang wus ngajal ana ing GustiYesus iku bakal padha diklumpukake deningGusti Allah bebarengan karo Panjenengane.15 Iku padha dakkandhakake marang kowekalawan pangandikane Gusti: kita kang isihurip, kang isih kari nganti tumeka rawuheGusti, babar pisan ora bakal ndhisiki kangwus padha ngajal. 16Awit samangsa anatengara, yaiku samangsa malaekat pangedhenguwuh-uwuh sarta kalasangkaning Allahkaunekake, ing kono Gusti piyambak bakaltumedhak saka ing swarga, lan wong-wongkang ngajal ana ing Sang Kristus bakal padha

Page 867: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 TESALONIKA 4.17–5.7 10

tangi dhisik. 17Sawise mangkono kita kangisih urip, kang isih kari, bakal padha kapulungbareng karo kang mentas tangi mau anaing mega, methukake Gusti menyang ingawang-awang. Mangkono sabanjure kitabakal nunggal kalawan Gusti ing salawase.18Mulane kowe padha lipur-linipura kalawantembung-tembung iki.

Bab jumaga

5:1-11

51Nanging, para sadulur, mungguh mangsalan wayahe ora prelu daktulis marang

kowe, 2amarga kowe wus padha sumurupdhewe kalawan cetha, yen dina rawuheGusti iku tekane kaya maling ing wayahbengi. 3Manawa wong-wong padha kandha:Saiki tentrem, ora ana bebaya -- mangkadumadakan wong-wong padha katempuh ingbilai, kayadene wong wadon kang ngandhegdadakan nglarani -- mesthi ora bakal padhabisa ngoncati. 4Nanging kowe iku, parasadulur, padha ora ana ing pepeteng, yenngantia kowe padha kebrejog ing dina kikaya tekaning maling, 5amarga kowe kabehiku padha dadi anaking raina. Kita iku duduwong-wonging wengi utawa wong-wongingpepeteng. 6Awit saka iku prayogane kitaaja turu kaya wong-wong liyane, nangingpadha meleka lan sing waspada. 7 Jalaranwong kang padha turu, iku turune ing wayahbengi, lan kang padha mendem, iku anggone

Page 868: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 TESALONIKA 5.8–15 11

mendem ing wayah bengi. 8Nanging kitaiki wong-wonging raina, mulane kita kuduwaspada, kudu ngrasuk kerening pracaya lankatresnan sarta atetopong pangarep-arepingkarahayon. 9Awit Gusti Allah ora nyadhangakekita marang beendu, nanging supayaoleh karahayon marga dening Gusti YesusKristus, Gusti kita, 10kang wus seda kanggokita, supaya kita dadia melek, dadia turu,padha ndherek urip kalawan Panjenengane.11Mulane kowe padha eling-ingelingna lanbangun-binanguna, kayadene kang pancenpadha koklakoni iku.

Pepeling warna-warna

5:12-2212Karodene, para sadulur, panjalukku kabeh

marang kowe: wong-wong kang padhanyrempeng ing gawe ana ing antaramu, kangnenuntun marang kowe ana ing patunggilaneGusti sarta kang memerdi marang kowe,13 iku padha ajenana kang banget kalawankatresnan marga saka pagaweane. Tansahpadha rukuna.14Aku iya padha aweh pitutur marang

kowe, para sadulur, wong kang uripe padhaora tumata iku perdinen, wong kang padhacilik atine iku lipuren, wong kang ringkihpadha belanana. Sing sabar marang wongkabeh. 15Eling-elingen, aja nganti ana wongkang males ala marang wong kang gawepiala, nanging tansah padha ngudia marang

Page 869: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 TESALONIKA 5.16–28 12

kabecikan, iya tumrap para sadulur, iya tumrapwong kabeh.16Tansah padha bungaha. 17Aja kendhat

anggonmu ndedonga. 18Padha ngunjuknapanuwun ing sabarang kang tinemu, awit ikukang dikarsakake dening Gusti Allah ana ingSang Kristus Yesus tumrap kowe.19Aja nyirep Sang Roh, 20 lan aja ngremehake

pamedharing wangsit. 21Samubarang kabehiku titinen, dene kang becik anggonen.22Padha ngedohana sarupaning piala.

Salam

5:23-2823Muga Gusti Allah kang kagungan tentrem-

rahayu iku nucekake kowe ing sasampurnanelan muga roh, jiwa lan badanmu rineksa becikkalawan tanpa cacad, besuk rawuhe GustiYesus Kristus, Gusti kita. 24Panjenengane kangnimbali kowe iku setya tuhu, Panjenenganeiya bakal ngleksanani.25Para sadulur, aku kabeh padha dongakna.26Salamku kabeh marang para sadulur

kalawan pangambung kang suci.27Atas asmaning Gusti aku njaluk kanthi

banget marang kowe, poma layang iki kawacaaing ngarepe para sadulur kabeh.28Sih-rahmate Gusti kita Yesus Kristus, anaa

ing kowe kabeh.

Page 870: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 TESALONIKA

Salam

1:1-2

11Saka Paulus, Silwanus lan Timoteus,marang pasamuwane wong-wong ing

Tesalonika ana ing Allah Rama kita lan anaing Gusti Yesus Kristus. 2Sih-rahmat lantentrem-rahayu saka ing Allah, Rama kita, lansaka Gusti Yesus Kristus anaa ing kowe kabeh.

Pamuji sokur lan pandonga

1:3-123Aku padha kawajiban tansah saos sokur

marang Allah marga saka kowe kabeh, parasadulur. Lan pancen kudune mangkono,awit pracayamu saya mundhak-mundhaklan anggonmu padha tresna-tinresnan sayabanget 4 satemah ana ing pasamuwan-pasamuwaning Allah aku kabeh padhamongkog ing bab anggonmu padha mantepsarta kumandel ana ing sajroning sakehepanganiaya lan panindhes, kang padhakoksangga: 5 iku sawijining tandha-bukti babadiling pangadilaning Allah, kang mratelakakeyen kowe kabeh iku pantes dadi warganeKratone Gusti Allah, kowe kang saiki padhanandhang sangsara marga saka Kraton iku.

Page 871: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 TESALONIKA 1.6–12 26 Jalaran pancen wus sabenere mungguh ingGusti Allah malesake panganiaya marangwong-wong kang padha nganiaya kowe7 sarta amrih leganing atimu kan padhaditindhes, lan uga tumrap marang aku kabeh,samangsa Gusti Yesus saka ing swargangatingal ginarebeg ing para malaekate,ngagem panguwasane, ing sajroning geni kangmurub makantar-kantar, 8 lan ndhawahakepiwales marang wong-wong kang padha oragelem wanuh marang Gusti Allah sarta orambangun-miturut marang Injile Gusti Yesus,Gusti kita. 9Wong-wong iku bakal nglakonipaukuman, nandhang karusakan salawase,diedohake saka ing pangayunaning Pangeranlan saka ing kamulyaning panguwaose10besuk samangsa Panjenengane rawuh ingdina iku, supaya kaluhurake ana ing antaranepara suci kagungane, sarta supaya kabehwong kang pracaya padha kagawokan, awitpaseksen kang wus padha daklairake marangkowe kabeh, iku wus koktampani kalawanpracaya. 11Awit saka iku aku kabeh tansahpadha ndedonga, uga kanggo kowe kabeh,supaya Allah kita karsa nganggep marangkowe sembada tumrap ing timbalane lankalawan panguwaose karsaa nyampurnakakesedyamu arep nindakake kabecikan sartakarsaa nyampurnakake sakehe panggaweningpracayamu, 12 satemah asmane Gusti Yesus,Gusti kita, kaluhurake ana ing kowe kabeh lankowe kabeh ana ing Panjenengane, miturut

Page 872: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 TESALONIKA 2.1–7 3

sih-rahmating Allah kita lan Gusti YesusKristus.

Tumindaking durakasadurunge Gusti rawuh

2:1-12

21Bab rawuhe Gusti kita Yesus Kristus lananggon kita bakal katunggalake kalawan

Panjenengane, panjalukku kabeh marangkowe para sadulur, 2 supaya kowe aja padhaenggal-enggal bingung lan kuwatir, margasaka wangsiting roh utawa marga sakapakabaran lan apa marga saka layang kangdiakokake saka aku kabeh, kaya-kaya wustumeka ing dinane Gusti. 3Kowe aja ngantipadha disasarake dening wong kalawan patrapkapriye bae! Awitdene sadurunge tekane Dinaiku mesthi ana pamurtad dhisik lan kababardhisik si manungsa duraka, kang kudu sirna,4yaiku si panglawan kang ngunggul-unggulakeawake dhewe ngluwihi sakabehe kang kasebutAllah utawa sesembahan, malah banjurlungguh ing Padaleman Suci sarta ngaku Allah.5Apa kowe ora padha eling yen bab iku wuskerep dakkandhakake marang kowe, nalikaaku isih ana ing tengahmu? 6Dene saiki kowepadha sumurup kang ngampah dheweke ikuapa, satemah lagi bakal jumedhul ing wektukang wus katamtokake tumrap dheweke.7Amarga kanthi patrap dhedhemitan durakaiku wis wiwit tumindak ing gawe, nangingsaiki isih ana kang mekak. Manawa kang

Page 873: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 TESALONIKA 2.8–14 4

mekak iku wus kasingkirake, 8 ing wektu iku sipangawak duraka lagi bakal muncul, nangingnuli bakal katumpes dening Gusti Yesuskalawan ababing tutuke lan bakal kasirnakake,samangsa Panjenengane rawuh maneh.9Tekane si pangawak duraka iku marga sakapanggawening Iblis, tuwin bakal kinanthenankasekten warna-warna sarta pratandha-pratandha apadene mukjijat-mukjijat palsu;10kalawan reka-daya ala rupa-rupa tumrapwong-wong, kang mesthi bakal sirna, jalaranora padha nampani kayekten kang bakal bisangolehake karahyone. 11Yaiku sababe GustiAllah anggone banjur ndhatengake panasaran,kang njalari wong-wong mau padha pracayamarang kang goroh, 12 supaya kabeh wongkang ora pracaya marang kayekten lan senengmarang panggawe ala padha diukum.

Dipilih supaya slamet

2:13-1713Nanging aku kudu padha saos sokur

marang Gusti Allah marga saka kowekabeh, para sadulur, kang kinasihan ingPangeran, amarga Gusti Allah wiwit sakawitwis milih kowe kabeh supaya slamet anaing sajroning Roh, kang nucekake kowelan ana ing sajroning kayekten kang wispadha kokandhemi. 14Mangkono iku karsaneanggone panjenengane nimbali kowe kabehlumantar Injil, kang padha dakwartakake,satemah kowe padha oleh kamulyane Gusti

Page 874: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 TESALONIKA 2.15–3.6 5

Yesus Kristus, Gusti kita. 15Mulane dipadhabakuh lan padha ngantepana piwulang-piwulang kang wus padha dakwenehakemarang kowe kabeh, kanthi patrap lisanutawa katulis. 16Anadene Panjenengane,Gusti kita Yesus Kristus, lan Gusti Allah, Ramakita, kang sajroning sih-rahmate wus ngasihikita sarta kang wus ngganjar panglpur kanglanggeng tuwin pangarep-arep becik marangkita, 17muga karsaa paring panglipur lannyantosakna atimu ing sajroning panggawesarta pitembungan kang becik.

Ndedonga lan tumindak ing gawe

3:1-15

31Sabanjure, para sadulur, aku kabeh padhadongakna, supaya pangandikane Gusti

saya maju lan diluhurake, padha kayadenekang wus kalakon ana ing antaramu, 2 lansupaya aku padha uwal saka para wong kanggawe rusuh lan para wong ala. Sabab orakabeh wong kadunungan pracaya. 3NangingGusti iku setya-tuhu. Panjenengane bakalnyantosakake atimu lan ngayomi kowe kabehsaka ing piala. 4Anadene aku kabeh padhapracaya ana ing Gusti, yen apa kang wuspadha dakpituturake marang kowe, iku padhakoklakoni lan bakal koklakoni. 5Muga Gustilestari madhepake atimu marang katresnaningAllah lan marang kamantepaning SangKristus. 6Nanging welingku kabeh marangkowe, para sadulur, atas asmane Gusti Yesus

Page 875: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 TESALONIKA 3.7–15 6

Kristus, padha sumingkira saka sedhengahsadulur kang ora nindakake kawajibane lankang ora manut marang piwulang kang wusdakwenehake marang kowe. 7Sabab kowedhewe padha sumurup, kapriye anggonmukudu padha nulad marang aku kabeh, amargaaku padha ora nglirwakake pagawean ana ingantaramu 8 sarta ora tau mangan rotining liyankanthi lelahanan, nanging aku kabeh padahmbudi-daya lan nyambut-gawe rina wengikalawan rekasa, supaya aja dadi gawene sapabae ana ing antaramu. 9Ora marga saka akupadha ora duwe hak ing bab iku, nangingmarga saka aku kabeh supaya dadia tuladhatumrap kowe, supaya koktulad. 10Sabab, uganalika aku padha ana ing tengahmu, akupadha aweh pepenget iki marang kowe kabeh:wong kang ora gelem nyambut-gawe iku iyaaja mangan. 11 Iki dakkandhakake amargaaku padha krungu, yen ana wong kang uripeora tumata lan ora nyambut-gawe, nangingmung tansah nindakake bab-bab kang ora anapaedahe. 12Wong-wong kang kaya mangkonoiku padha dakelingake lan padha dakpituturiing sajroning Gusti Yesus Kristus supaya padhalestaria nindakake pagaweane kanthi tentremsarta padha mangana rejekine dhewe kalawantumindak mangkono iku. 13Anadene kowekabeh, para sadulur, aja jeleh-jeleh anggonmupadha nindakake panggawe becik. 14Manawaana wong kang ora gelem ngrungokakekandhaku ing layang iki, iku pengetana lan ajasrawungan karo dheweke, supaya isin. 15Mung

Page 876: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 TESALONIKA 3.16–18 7

bae aja kokanggep mungsuh, nanging elingnakaya sadulur.

Salam

3:16-1816Anadene Panjenengane, Gustining

tentrem-rahayu, muga tansah paringtentrem-rahayu marang kowe kabeh ingsadhengaha kaanan. Muga Gusti nunggilakaro kowe kabeh. 17Salam saka aku, Paulus.Salam iki daktulis nganggo tanganku dhewe.Iki minangka tengeran ing saben layang:mangkene iki tulisanku. 18Sih-rahmate GustiYesus Kristus, Gusti kita, anaa ing kowe kabeh.

Page 877: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 TIMOTEUS

Salam

1:1-2

11Saka Paulus, rasule Gusti Kristus Yesusmanut dhawuhe Gusti Allah, Juruslamet

kita, lan Gusti Kristus Yesus, dhasaringpangarep-arep kita, 2marang Timoteus,anakku kang sayekti ing sajroning pracaya:sih-palimirma, rahmat lan tentrem-rahayusaka Gusti Allah Sang Rama lan Gusti KristusYesus, Gusti kita anaa ing kowe.

Bab piwulang panasaran

1:3-113Nalika aku arep nerusake lakuku menyang

ing wilayah Makedhonia, kowe wus dakwanti-wanti, supaya terusa ana ing kutha Efesuslan mituturi wong-wong saweneh, supayaaja aweh piwulang liyane 4utawa ngelengakedongeng lan sarasilah kang ora ana uwis-uwise, kang mung ngolehake bab-bab kangmung dadi rembug thok, sarta dudu tatanankaslametan kang diparingake dening GustiAllah sajroning pracaya. 5Mangka karepepitutur iku katresnan kang jumedhul saka ingati kang resik, saka swaraning batin kangmurni lan saka pracaya kang tulus eklas.

Page 878: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 TIMOTEUS 1.6–13 26Nanging ana wong kang nyimpang saka ingdalan iku lan kesasar ana ing pagunemankang tanpa guna. 7Wong iku padha arep dadiguruning angger-anggere Toret, mangka oramangreti marang tembung-tembunge dhewesarta marang bab kang baku-baku, kangdiwulangake kanthi tandhes. 8Kita padhasumurup, yen angger-anggering Toret ikubecik, manawa bener anggone ngecakake,9yaiku kanthi yakin, yen angger-anggeringToret iku ora kanggo wong kang sampurna,nanging kanggo wong murangsarak lan wongkang uripe tanpa tatanan, wong lamis lanwong dosa, wong kang engenake kadonyanlan wong kang tanpa agama, kang matenibapa lan mateni biyunge, kang mateni wong,10wong kang laku jina, kang laku jindik, kangnyulik wong, wong dora cara, wong kang neraksupata, lan sabanjure samubarang kabeh kangcengkah kalawan piwulang kang bener, 11kangadhedhasar Injiling Gusti Allah kang luhur lanrahayu dhewe, kaya kang wis kapitayakakemarang aku.

Pamuji sokur ing babsih-palimirmaning Allah

1:12-1712Aku saos sokur marang Panjenengane,

kang nyantosakake aku, yaiku Gusti KristusYesus, Gusti kita, amarga Panjenenganekarsa nganggep aku tumemen, sarta banjurkaparingan bubuhan leladi iki, 13aku kang

Page 879: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 TIMOTEUS 1.14–18 3

maune dadi wong kang ngala-ala, nganiaya lanngrodaparipeksa, nanging aku wus karentahansih-palimirmane, awit iku kabeh daklakonimarga saka ora ngreti, yaiku jalaran orapracaya. 14Malah sih-rahmate Gusti kita ikuwus kaparingake marang aku nganti luberkalawan pracaya lan katresnan ing sajroningSang Kristus Yesus. 15 Iki tembung kangsatuhu lan wajib diugemi temenan, “SangKristus Yesus rawuh ing donya prelu mitulungirahayu marang wong dosa,” lan panunggalaneiku aku iki kang gedhe dhewe dosaku.16Nanging malah iya marga saka iku akubanjur karentahan palimirma, supaya GustiYesus Kristus nelakna katoging kasabaraneana ing aku, kang gedhe dhewe dosaku, sartadadia pangilon tumrap wong kang bakal padhapracaya marang Panjenengane, satemah olehurip langgeng. 17Ratune sakabehing jaman,Gusti Allah kang langgeng kawontenane,kang ora katingal, kang asipat tunggal,iku kacaosana hurmat lan kamulyakna ingsalawase! Amin.

Kawajibane Timoteus

1:18-2018Kawajiban iku dakpasrahake marang kowe,

anakku Timoteus, cundhuk karo apa kang wuskawangsitake tumrap kowe, supaya margasaka kasantosakake dening wangsit iku, kowebanjur nglakoni perang kang utama kalawanngantepi ing pracaya lan swaraning batin

Page 880: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 TIMOTEUS 1.19–2.7 4

kang becik. 19Ana wong sawatara kang wusngemohi swaraning batine kang becik iku,satemah pracayane ilang. 20Panunggalaneyaiku Himeneus lan Aleksander, kang wusdakpasrahake marang Iblis, supaya padhakapoka anggone ngala-ala.

Bab pandonganing pasamuwan

2:1-7

21Kang dhisik dhewe dakpituturake: Padhangaturna panyuwun, pandonga, lan pamuji

sokur tumrap ing wong kabeh, 2 tumrappara ratu sarta tumrap sakehing panggedhe,supaya urip kita bisaa tentrem lan ayemana ing sajroning sakehing kamursidan lankaurmatan. 3Yaiku kang becik lan kang gawerenaning panggalihe Gusti Allah, Pamartakita, 4kang ngarsakake, supaya wong kabehpadha kapitulungan rahayu lan padha olehpangawruhing kayekten. 5Amarga Gusti Allahiku asipat tunggal, samono uga Panjenenganekang dadi pantawis kiat ing antarane GustiAllah lan manungsa iku uga mung siji, yaikuSang Manungsa Kristus Yesus, 6kang wusmasrahake sarirane minangka panebuskanggo wong kabeh: iku kang dadi paseksening wektu kang wus pinasthi. 7 Iya kanggopaseksen iku aku wus katetepake dadi jurupawarta lan rasul, -- kandhaku iku bener,aku ora goroh -- lan dadi gurune wong kangdudu wong Yahudi, ing sajroning pracaya lankayekten.

Page 881: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 TIMOTEUS 2.8–15 5

Tatanan tumrap wong lanang lan wadoning sajroning pakumpulan pangibadah

2:8-158Kang iku karepku wong lanang supaya

padha ndedongaa ana ing saenggon-enggonkalawan ngulukake tangan kang suci, ajanganggo nepsu utawa padudon. 9Mangkonouga wong wadon prayoga manganggoakang pantes, susila lan prasaja, rambuteaja diklabang, aja nganggo mas-masan,mutiara utawa sandhangan kang larang-larang, 10nanging manganggoa sandhanganpanggawe becik, dikaya sapatute wong wadonkang ngabekti ing Allah. 11Wong wadon ikukudune jatmika lan nampanana piwulangkalawan mbangun-turut. 12Wong wadon oradakwenangake memulang sarta mengkumarang kang lanang, nanging sing jatmika.13Awitdene Bapa Adam kang katitahakedhisik, tumuli Ibu Kawa. 14Lan maneh duduBapa Adam kang kena ing panggodha, nangingwong wadon iku kang kena ing panggodha lantumiba ing dosa. 15Nanging wong wadon bakalkapitulungan rahayu marga saka anggoneanak-anak, angger ngantepi ing pracaya lankatresnan sarta kasucen kalawan jatmika.

Page 882: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 TIMOTEUS 3.1–9 6

Wewaton tumrap parapamomonging pasamuwan

3:1-7

31 Iki tembung kang satuhu, “Manawa wongkapengin nggayuh marang kalungguhan

pamomong, iku kapengin nindakake pagaweankang adi.” 2Mulane juru pamomong iku kudutanpa cacad, kang arabi siji, bisa ngendhalenidhiri, wicaksana, tata-krama, dhangan awehpamondhokan, baud memulang, 3ora karemngombe minuman keras, ora gampang nepsu,nanging sumanak, dhemen ngrukunake, orangawula marang bandha, 4dadi kepalaningbrayate kang becik, kang dieringi lan diajenidening anak-anake. 5Manawa wong ora bisangemudheni brayate dhewe, kapriye anggonebisa ngurus pasamuwaning Allah? 6Aja wongkang lagi bae mratobat, supaya aja dadigumunggung lan kena paukumaning Iblis.7Apamaneh iya kudu kaseksenan becikeana ing sajabaning pasamuwan, supaya ajakena ing panggugating wong lan tumiba ingkalaning Iblis.

Wewaton tumrap para juru pamulasara

3:8-138Mangkono uga para juru pamulasara

iya kudu wong kang kajen, kang ora ilatrangkep, ora karem anggur, ora srakah,9nanging wong kang bisa nyimpen wewadining

Page 883: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 TIMOTEUS 3.10–16 7

pracaya ing sajroning swaraning batinekang suci. 10Apamaneh sadurunge kudu iyaditeter dhisik. Sawise mangkono lagi padhaditetepake ing bubuhan leladi, iku sawisekacihna yen tanpa cacad. 11Kang wadonmangkono uga kudu kang kajen, kang oradhemen mitenah, bisa ngendhaleni dhiri sartakena dipracaya ing samubarang kabeh. 12 Jurupamulasara iku kudu kang arabi siji sartakang prayoga anggone ngurus anak-anakelan brayate. 13Amarga wong-wong kangbecik anggone leladi iku oleh kalungguhankang becik satemah marga saka anggonepracaya marang Gusti Kristus Yesus bisa awehpaseksen kalawan kendel.

Pasamuwane Gusti Allah dadidhasar lan pikukuhing kayekten

3:14-1614Kabeh iku mau dakpacak ana ing layangku

marang kowe, sanadyan pangarep-arepkubisaa enggal nekani kowe. 15Dadi yen anakasepku kowe bisa nyumurupi, uripe brayatingAllah iku kudune kapriye, yaiku pasamuwaneGusti Allah kang asipat gesang, sesakapikukuh lan dhasaring kayekten. 16Sartasanyata linuhur wewadine pangibadah kitaiku:“Panjenengane kang wus ngatingal awujud

manungsawus kaleresake marga dening Roh kang

ngatingal

Page 884: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 TIMOTEUS 4.1–6 8

marang para malaekat, kawartosake ana ingantarane

para bangsa kang ora wanuh marang GustiAllah;

kang dipracaya ana ing jagad,iku wus kasengkakake marang kamulyan.”

Kawajibane Timoteus sajronelelayanan karo guru panasaran

4:1-16

41Ananging ana pangandikaning Roh kangcetha, yen ing tembe bakal ana wong

kang padha murtad banjur ngeloni roh-rohpanasaran lan piwulanging setan-setan2marga saka kena pambujuking wongdoracara, kang swaraning batine nganggocape wong-wong mau, 3kang mengingjejodhoan, akon nyirik bangsane pangan,kang katitahake dening Gusti Allah, supayadipangan kalawan saos sokur dening parawong kang pracaya lan kang wus wanuhmarang kayekten. 4Awitdene kabeh kangdititahake dening Allah iku becik, lan sijibae ora ana kang karam, angger ditampanikalawan saos sokur, 5amarga iku kabeh wuskasucekake dening pangandikane Gusti Allahlan dening pandonga.6Manawa sadulur-sadulur kita padha

kokelingake marang bab-bab iku, kowe bakaldadi paladene Sang Kristus Yesus kang becik,kang kagulawenthah ing bab-bab lakuningpracaya kita sarta ing bab piwulang kang

Page 885: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 TIMOTEUS 4.7–16 9

becik-becik kang wus kokleluri nganti sapreneiki. 7Nanging gugontuhon tuwin dongengesi nini-nini iku dohana. Nggegulanga ingpangibadah. 8Nggegulang ing kajasmanen ikupaedahe mung sathithik, nanging pangibadahiku maedahi tumrap samubarang kabeh, awitiku ngemot prajanjian kanggo urip ing saikilan ing tembe. 9 Iki pitutur kang bener lanwajib ditampani kalawan temen-temen. 10Awitiya iku sababe anggon kita padha nglakonirekasa lan ngetog kakuwatan, jalaran kitapadha nduweni pangarep-arep marang GustiAllah kang gesang, kang dadi Pamartane wongkabeh, angka siji kanggo para wong kangpracaya.11 Iku kabeh wartakna lan wulangna.

12Aja nganti ana wong kang nyepelekakekowe, marga kowe isih enom. Kowedadia tuladha tumrap para wong kangpracaya ing bab tembung-tembungmu,tindak-tandukmu, katresnanmu, kasetyanmutuwin ing bab kasucenmu. 13 Ing sabanjurekowe ngantepana anggonmu macakakeKitab-kitab Suci, anggonmu mbangun lanmemulang nganti satekaku. 14Aja nglirwakakekawajibanmu migunakake sih-rahmat kangana ing kowe, kang wus kaparingake marangkowe sarana pamedhar-wangsit lan saranatumpangan tangan dening parepataningpara pinituwa. 15 Iku kabeh wigatekna, uripmudikaya mangkono, supaya kamajuanmutetelaa marang wong kabeh. 16Diawas marangawakmu dhewe lan piwulangmu. Aja kemba-

Page 886: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 TIMOTEUS 5.1–7 10

kemba anggonmu nindakake iku kabeh,amarga manawa kowe tumindak mangkono,kowe bakal mitulungi iya awakmu dhewe, iyakabeh wong, kang padha ngrungokake marangpituturmu.

Bab sadulur-sadulur kang tunggal pracaya

5:1-2

51Aja tumindak keras marang wong kangwis tuwa, nangin elingna kayadene

marang bapa; wong nomnoman padha elingnakayadene sadulurmu, 2para wong wadon kangwis tuwa kayadene ibu, para wong wadonkang isih enom kayadene adhimu, kalawan atikang resik.

Tumrap para randha

5:3-163Para randha kang pancen randha temenan

iku padha ajenana. 4Nanging randha kangduwe anak utawa putu, anak utawa putune ikukudu sinau ngatonake bektine dhisik marangkulawangsane dhewe lan males kabecikanewong tuwane tuwin embahne, amarga ikukang ndadekake keparenging Allah. 5Denerandha kang pancen randha temenan, kangketrini, iku duwe pangarep-arep marangGusti Allah lan tansah nenuwun lan ndedongarina wengi. 6Nanging randha kang uripengedab-edabi lan ngleluwihi, iku wus matisajrone isih urip. 7Para randha iya padha

Page 887: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 TIMOTEUS 5.8–16 11

elingna marang bab-bab iki, supaya uripetanpa cacad. 8Dene manawa ana wong kangora mikir marang kulawangsane, apamanehbrayate, iku wis nyingkur pracayane lan luwihala katimbang karo wong kang ora pracaya.9Randha kang dicatheti iku kang umure ora

kurang saka sawidak taun, kang mung omah-omah sapisan 10 lan kang wus kaseksenanpanggawene becik, kayata: ngulawenthahanak, dhemen aweh pamondhokan, ngwisuhisikile para sadulur kang tunggal pracaya,nulungi wong kang uripe kesrakat, cekakekang mrelokake sadhengah panggawe becik.11Nanging para randha kang luwih enomiku aja kokcatheti. Awit manawa kapanduking asmara kang misahake saka SangKristus, banjur padha kapengin omah-omah,12 satemah nekakake paukuman tumrapawake dhewe, marga padha nyingkur marangkasetyane sakawit marang Panjenengane.13Sarta maneh padha kulina mlebu metuing omahing wong kalawan nganggur, lanmalah ora mung nganggur bae, nanging iyakaro ngoceh lan nyampuri prakarane wongliya sarta ngandhak-ngandhakake bab-babkang ora pantes. 14Awit saka iku karepkurandha-randha kang isih enom iku padhaomah-omaha maneh, padha anak-anaka,nuntun brayate sarta aja padha awehdhadhakaning pangala-ala marang satru, kangkatujokake marang kita. 15Marga wis anarandha sawatara kang kesasar nuruti Iblis.16Manawa ana wong lanang utawa wadon

Page 888: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 TIMOTEUS 5.17–23 12

kang pracaya, kang brayate ana randhane, ikudibiyantonana, supaya ora dadi rereksaningpasamuwan, satemah pasamuwan bisarumeksa marang para randha kang pancenkapiran.

Pituduh lan pitutur maneh sawatara

5:17--6:2a17Para pinituwa kang becik pangrehe iku

pantes diajeni tikel kaping pindho, luwihmaneh kang kabubuhan kotbah lan memulang.18Rak ana pangandika ing Kitab Suci kangwiraose mangkene: “Sapi kang lagi dianggonutu iku aja sira brongsong cangkeme,” lan:“Wong kang nyambut-gawe iku patut olehpituwase.” 19Aja nampani pandakwa marangpinituwa, kajaba yen ana seksine loro utawatelu. 20Kang padha nglakoni dosa iku welehnaana in ngarepe wong kabeh, supaya wong-wong liyane uga padha wedi. 21Piwelingkumarang kowe kalawan temen-temen ana ingngarsane Gusti Allah lan Gusti Kristus Yesussarta para malaekat pepilihane: pituduh ikiwigatekna tanpa kasujanan lan tumindakmutumrap ing samubarang kabeh ditanpa pilihkasih. 22Aja kesusu numpangi tangan marangwong lan aja nganti katut-katut ing dosanewong liya. Awakmu dhewe jaganen dhisik.23Aja mung ngombe banyu thok bae maneh,

nanging dokokana anggur sathithik, margawetengmu rewel lan awakmu kerep lara.

Page 889: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 TIMOTEUS 5.24–6.5 1324Dosane wong sawatara iku cetha banget,

nganti kaya-kaya ndhisiki wong-wong maumenyang ing pangadilan, nanging dosanewong sawatara maneh lagi kacetha besuk.25Samono uga panggawe becik iku enggalkacetha, lan yen ora mangkono, iku iya orabisa terus-terusan kaaling-alingan.

61Kabeh wong kang nyangga gaweningbatur-tukon, iku ngajenana marang

lurahe kaanggepa yen wus samesthine kudukinurmatan, supaya asmaning Allah lanpiwulang kita aja nganti kaalakake. 2Manawalurahe mau wong pracaya, aja nganti dikurangianggone dieringi, aja dupeh sadulure anaing Sang Kristus, nanging malah disayabecik anggone ngladeni, amarga lurah kangnampani berkahing leladine iku sadulur kangpracaya lan kang kinasih.

Bab pinter guneman kang kena diaranilelara sarta bab karem bandha

6:2b-10(6-2b) Kabeh iki wulangna lan pituturna.

3Manawa ana wong kang aweh piwulang kangora cundhuk karo ujar kang bener -- yaikupangandikane Gusti kita Yesus Kristus -- lankang ora cocog karo piwulang kang laraskalawan pangibadah kita, 4 iku wong kangkaya-kaya ngreti nanging lugune ora ngretiapa-apa, kepatuh dhemen golek-golek prakaralan bebantahan, kang njalari drengki, padu,pangala-ala, sujana, 5 regejegan ing antarane

Page 890: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 TIMOTEUS 6.6–13 14

wong-wong kang pikirane ora waras manehlan kang wis kelangan kayekten, kang ngirayen pangibadah iku sumbering kauntungan.6Pancen pangibadah iku manawa dikanthenipamarem, aweh kauntungan gedhe. 7Sababkita ora nggawa apa-apa menyang ing donyalan uga ora bisa nggawa apa-apa lunga.8Angger wis ana pangan lan sandhang, wiscukup. 9Anadene wong-wong kang padhakapengin sugih padha tumiba ing panggodhalan ing kala tuwin kadunungan pepenginanwarna-warna kang tanpa guna lan gawe cilakakang ngeremake manungsa marang bilaituwin karusakan. 10Amarga kang dadi witingsakehing piala iku ambek karem bandha.Sabab marga saka anggone mburu dhuwitsawenehing wong padha nyimpang saka ingpracaya sarta nyiksa awake dhewe kalawankasusahan warna-warna.

Piweling minangka panutup

6:11-2111Nanging kowe, heh, manungsaning Allah,

ngedohana iku kabeh, ngaraha marangkaadilan, kamursidan, kasetyan, katresnan,kasabaran lan budi sareh. 12Nglakonanatarunging pracaya kang utama, nggayuhaurip langgeng, kang dadi underane anggonmukatimbalan sarta anggonmu nglairake sahadatkang bener ana ing ngarepe seksi akeh.13Kowe dakprentah ana ing ngarsane GustiAllah kang paring urip marang samubarang

Page 891: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 TIMOTEUS 6.14–20 15

kabeh lan ana ing ngarsane Sang KristusYesus kang wus nglairake sahadat kang utamaiku uga ana ing ngajengane Sang PontiusPilatus: 14Pakon iki tetepana ditanpa cacad lantanpa sisip, kongsi tumekaning titimangsaneGusti kita Yesus Kristus ngatingal 15yaiku ingtitimangsa kang bakal katamtokake deningSang Panguwaos kang ora ana tunggale lankang kebak karahayon, Ratune para ratu sartaGustine para gusti. 16 Iya mung Panjenenganeiku kang ora kena ing pati, kang akadhatonana ing pepadhang, kang ora kena pinerakan,kang ora tau dineleng ing wong, jalaranpancen ora ana wong kang bisa ndeleng ingPanjenengane. Iya Panjenengane iku kangsayogya kagungan kaluhuran lan panguwaoskang langgeng! Amin.17Para wong sugih ing donya iki padha

elingna, supaya aja padha gumunggunglan aja padha kadunungan pangarep-arepmarang samubarang kang ora tetep kaanane,kayata kasugihan, nanging marang GustiAllah, kang marga saka sugihe, maringimarang kita samubarang kabeh, supayakita rasakake nikmate. 18Padha elingna,supaya padha nglakoni panggawe becik, dadisugih ing bab kabecikan, dhangan wewehlan memandumi 19 temah padha nandhoamal kang minangka pawitan kang prayogakanggo ing tembe, supaya padha oleha uripkang sanyata. 20He, Timoteus, kang wuskapitayakake marang kowe iku reksanan.Paguneman kang tanpa isi lan kang ora suci

Page 892: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 TIMOTEUS 6.21 16

sarta bebantahan-bebantahan kang asale sakakang diarani kawruh, iku singkirana. 21Amargawis ana sawatara kang mulangake bab mau,satemah banjur padha nyimpang saka ingpracaya. Sih-rahmat nunggila ing kowe!

Page 893: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 TIMOTEUS

Salam

1:1-2

11Saka Paulus, rasule Gusti Kristus Yesuskang awit saka karsaning Allah, supaya

martakake prasetyan bab urip ing sajroneGusti Kristus, 2marang Timoteus, anakkukang kinasih: sih-rahmat lan tentrem-rahayusaka Gusti Allah Sang Rama lan Gusti KristusYesus, Gusti kita, nunggila ing kowe.

Pamuji sokur lan pitutur supaya tumemen

1:3-183Aku saos sokur marang Gusti Allah,

kang dakladosi kalawan rumangsaning atikang resik, kaya kang dilakoni dening paraleluhurku. Sarta sajroning panyuwunku akutansah eling marang kowe, rina wengi. 4Lanmanawa aku kelingan marang anggonmungruntuhake luh, aku banjur kapenginndeleng kowe maneh, supaya aku kapenuhanaing kabungahan. 5Amarga aku kelinganmarang pracayamu kang tulus eklas, yaikupracaya kang biyen wus dumunung ana ingembahmu Lois lan ibumu Eunike apadenekang manut keyakinanku uga dumunungana ing kowe. 6 Iya marga saka iku kowe

Page 894: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 TIMOTEUS 1.7–14 2

dakelingake supaya kowe nggrengsengakesih-peparinging Allah kang ana ing kowesarana daktumpangi tanganku. 7Awit kangdiparingake dening Gusti Allah marang kitaiku dudu rohing kajirihan, nanging roh kangnukulake kakuwatan, katresnan lan katertiban.8Mulane aja isin nglairake paseksen bab Gustikita sarta aja isin marga saka aku, kang dadiwong ukuman marga saka Panjenengane,nanging melua nandhang sangsara kanggoInjile, kalawan kakuwataning Allah, 9kangparing karahayon marang kita lan nimbali kitakalawan timbalan kang suci, ora adhedhasarpanggawe kita, nanging adhedhasar karsa lansih-rahmate piyambak, kang wus kaparingakemarang kita ing sajroning Sang Kristus Yesusing sadurunge purwaning jaman. 10Sartakang saiki kawujudake ana ing rawuhe SangJuruwilujeng kita Gusti Yesus Kristus kang wusnyirnakake pati sarta nggiyarake urip kangora bisa rusak. 11 Iya Injil iki kang netepakeaku dadi juru pawarta, dadi rasul lan dadiguru. 12 Iya iku kang njalari aku nandhangsangsara iki kabeh, nanging aku ora isin,sabab aku sumurup sapa kang dakandelakesarta aku yakin, yen Panjenengane iku kuwaosrumeksa marang apa kang wis dipitayakakemarang aku nganti tumeka ing DinaningPangeran. 13Apa kang wus kokrungu sakaaku iku antepana, dadia tuladha piwulangkang bener-becik lan lakonana sajroningpracaya lan katresnan ana ing Sang KristusYesus. 14Rajabrana kang endah, kang wus

Page 895: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 TIMOTEUS 1.15–2.5 3

dipitayakake dening Panjenengane marangkita iku reksanen kalawan Roh Suci, kangdedalem ana ing kita. 15Kowe wis sumurup,manawa wong-wong ing tlatah Asia-Cilik ikupadha nyingkur marang aku; kalebu Figeluslan Hermogenes. 16Muga Gusti karsaa paringsih-rahmate marang brayat Onesiforus, kangwus bola-bali gawe segering atiku. Dhewekeora isin niliki aku menyang ing pakunjaran.17Nalika ana ing kutha Rum, dheweke ngudinggoleki aku lan iya wis bisa ketemu karo aku.18Muga Gusti karsa maringake sih-rahmatemarang dheweke mbesuk ing dinane. Kayaapa anggone leladi ana ing Efesus iku koweluwih mangreti tinimbang aku.

Timbalan ndherek nandhang sangsara

2:1-13

21Mulane, he anakku, disantosa margasaka sih-rahmat kang ana ing Gusti

Kristus Yesus. 2Apa kang wus kokrungusaka aku ana ing sangarepe seksi akeh ikupitayakna marang wong-wong kang padha bisadipracaya, kang uga bisa mulang marang wongliya. 3Melua nandhang sangsara kayadeneprajurite Sang Kristus Yesus kang utama.4Prajurit kang lagi perang iku ora mradulimarang prakara-prakara kang gegayutan karopanguripane, supaya marga saka mangkonoiku ndadekake senenge komandhane.5Olahragawan iku anggone bisa makuthaningkaunggulan mung manawa anggone main iku

Page 896: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 TIMOTEUS 2.6–13 4

manut tatanan-tatananing olahraga. 6Wongtani kang nyambut-gawe kanthi mempengiku kudune sing ngrasakake nikmating wohepagaweane kang dhisik dhewe. 7Apa kangdikandhakake iku gatekna; Gusti bakal paringpangreten bab samubarang kabeh marangkowe.8Elinga bab iki: Gusti Yesus Kristus, kang

wus wungu saka ing antarane wong mati,kang wus miyos dadi tedhake Sang PrabuDawud, yaiku kang dakundhangake ana ingInjilku. 9 Iya marga saka pangundhanging Injiliku aku banjur nandhang sangsara, malahnganti dibanda kayadene durjana, nangingpangandikaning Allah ora bisa kabanda.10Mulane aku nglakoni iku kabeh kalawansabar kanggo para pepilihane Gusti Allah,supaya iku iya padha oleh karahayon ana ingSang Kristus Yesus kalawan kamulyan kanglanggeng. 11 Iki tetembungan kang bener:“Manawa kita ndherek Panjenengane seda,iya ndherek Panjenengane gesang;12manawa kita nahanakeiya bakal ndherek Panjenengane ngereh;manawa kita nyelaki Panjenenganeiya bakal diselaki Panjenengane;13manawa kita ora setya, Panjenengane

tetep setya,awit Panjenengane ora bisa nyelaki sarirane

piyambak.”

Page 897: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 TIMOTEUS 2.14–20 5

Pitutur bab sajrone lelayanankaro guru panasaran

2:14-2614Wong-wong padha elingna lan pituturana

ing bab iku kabeh kalawan temenan anaing ngarsaning Allah, supaya aja padhambulat-mbulet rembuge, amarga iku ora anagunane babar pisan, malah ngisruhake kangpadha ngrungokake. 15Udinen, supaya kowepantes ana ing ngarsaning Allah anggonmudadi juru leladi kang ora usah isin, kangngundhangake pangandikaning kayekten ikukalawan tanpa tedheng aling-aling. 16Nangingomong-omong kang tanpa isi kang ora sucikang mung nambahi kalamisan iku singkirana.17Tembung-tembunge wong-wong kangmangkono iku nular kaya lelara kangker.Panunggalane wong iku yaiku Himeneuslan Filetus, 18kang wus nyimpang saka ingkayekten kalawan anggone mulangake,yen kita wus katangekake sarta margasaka iku banjur gawe rusaking pracayanewong sawatara. 19Nanging tetales kangkapasang dening Gusti Allah iku santosa,sarta tinengeran: “Pangeran nguningani sapakang dadi kagungane,” lan “Sing sapa nyebutasmaning Pangeran iku supaya ninggalapiala.” 20 Ing sajroning omah gedhe iku kangtinemu ora mung prabot emas lan salaka,nanging uga barang-barang kang kagawesaka kayu lan lempung; kang saka emas

Page 898: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 TIMOTEUS 2.21–3.2 6

lan salaka kanggo kapreluan kang wigati,dene liyane kanggo kapreluan kang kurangwigati. 21Wong kang nucekake awake sakaing piala, iku bakal dadi praboting omah kangwigati, disucekake, dianggep pantes dianggoing lurahe lan dicawisake kanggo sabenpagawean kang mulya. 22Mulane ngedohanapepenginaning wong anom, ngudia marangkaadilan, kasetyan, katresnan lan karukunanbebarengan karo wong-wong kang padhanyebut marang Pangeran kalawan ati kangresik. 23Singkirana sakehing prakara-prakarakang diothak-athik, kang tanpa budi kangora pantes. Kowe sumurup, yen bab-bab ikunukulake dredah, 24mangka abdine Gustiiku ora kena padu, nanging kudu sumanakmarang wong kabeh. Kudu bisa mulang, sabar25 lan bisa nuntun wong kang seneng madonikalawan alus, sabab bokmanawa Pangeranparing pamratobat marang wong-wong mausarta bisa nuntun marang karahayon, 26 tuwinbanjur padha eling maneh, yen wus uwal sakaing kalaning Iblis, kang ngendhaleni dhewekekabeh supaya nglakoni kekarepane.

Kaananing manungsaing wekasaning jaman

3:1-9

31Sumurupa, yen ing dina-dina wekasanbakal ana mangsa kang rekasa. 2Wong

akal padha mung mikir marang awake dhewelan karem bandha. Bakal padha gumunggung,

Page 899: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 TIMOTEUS 3.3–9 7

lan mamerake dhiri pribadi, bakal dadi tukangmitenah, bakal wani karo wong tuwa sartaora duwe panarima, ora mreduli marangagama, 3ora bisa atindak tresna, ora gelemrukun, seneng ngala-ala wong, ora bisangendhaleni dhiri, ambek siya, ora dhemenmarang kang becik, 4 seneng cidra, ora mulurbudine, kumenthus, milaur nuruti pakaremankatimbang karo manut marang Gusti Allah.5Anggone padha nindakake pangibadah munglaire bae, nanging lugune padha ora nganggepmarang sawabe. Dohana wong-wong kangkaya mangkono iku! 6Sabab ing antaranewong-wong iku ana kang padha nylinthutlumebu ing omahe wong liya lan mbebujukwong-wong wadon kang ringkih kang kabotandosa sarta kang kawengku ing pepenginanmarupa-rupa, 7kang ora tau sumurup marankayekten sanadyan tansah kapengin kawulang.8Padha kaya Yanes lan Yambres anggonenglawan marang Nabi Musa, mangkono ugawong-wong mau padha nglawan marangkayekten. Pikirane bobrok, lan pracayaneora tahan suwe. 9Nanging wis mesthi yenwong-wong mau ora bakal padha bisa tulus,amarga kayadene Yanes lan Yambres, samonouga kabodhoane wong-wong mau bakal luwihdening cetha tumrap wong kabeh.

Page 900: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 TIMOTEUS 3.10–17 8

Thukuling pracaya sajroning panganiayalan marga saka maca Kitab Suci

3:10-1710Nanging kowe wis ngandhemi piwulangku,

caraku urip, panemu-panemuku, pracayaku,kasabaranku, katresnanku lan tumemenku.11Kowe wis melu nandhang panganiaya lansangsara kaya kang wis dakrasakake ana ingkutha Antiokhia, ing Ikonium lan ing Listra.Sakehing panganiaya iku daklakoni lan Gustiwis ngluwari saka iku kabeh. 12Pancen sabenwong kang nedya urip kalawan nindakakepangibadah ing sajroning Sang Kristus Yesus,iku bakal nandhang panganiaya. 13Dene wongala lan culika iku bakal saya wuwuh alane,padha disasarake lan nasarake. 14Nangingkowe tetepa nggondheli ing kayekten kangwus koktampani lan kokyakini, kalawan tansahelinga marang wong kang wus mulangakebab iku marang kowe. 15Elinga uga, yenwiwit cilik kowe wus wanuh karo KitabSuci, kang bisa ngolehake kawicaksananmarang kowe lan nuntun kowe marangkarahayon marga saka pracaya marangGusti Kristus Yesus. 16Sakehing tulisankang diwangsitake dening Gusti Allah ikupancen migunani kanggo memulang, kanggomelehake, kanggo mbangun wewatekantuwin kanggo nggulawenthah ing sajroningkayekten. 17Marga saka mangkono saben

Page 901: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 TIMOTEUS 4.1–8 9

wong kagungane Gusti Allah iku disamektanikanggo nindakake samubarang kang becik.

Netepana timbalanmu leladi

4:1-8

41Aku pitutur marang kowe satemen-temene ana ing ngarsane Gusti Allah lan

Gusti Kristus Yesus kang bakal ngadili wongkang urip lan mati, demi ngatingale, lan demiKaratone. 2Kowe nggelarna pangandika,sumanggema ing wektu kang becik, utawaing wektu kang ora becik, melehna apa kangluput, nyrengenana lan mituturana kalawansakehing kasabaran lan piwulang. 3Amargabakal tumeka ing titimangsane, wong-wongbakal ora bisa nampani piwulang kangbener-becik maneh, nanging bakal padhangumpulake guru-guru kang dikarepakekanggo maremake pepenginaning kupinge.4Bakal padha ngingerake kupinge saka ingkayekten lan ngrungokake marang dongeng.5Nanging kowe dibisa ngemudheni awakmuing sajroning samubarang kabeh, disabaring sajroning nandhang sangsara, nindaknapakabaran Injil, lan ngakonana kawajibaningleladi!6Dene mungguh aku iki, getihku wus wiwit

kaesokake minangka pisungsung sarta wektuanggonku bakal ngajal wus cedhak. 7Akuwus mungkasi tetandhingan kang utama,aku wus nyandhak garis wekasan, akuwus ngantepi ing pracaya. 8Saiki aku wus

Page 902: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 TIMOTEUS 4.9–17 10

ginantungan makuthaning kayekten, kangbakal kaparingake marang aku dening Gusti,Sang Hakim kang adil, ing Dinane, tur oramung marang aku bae, nanging uga marangsakehing wong kang padha cecengklungenmarang rawuhe.

Piweling pungkasan

4:9-189Udinen supaya kowe enggal bisa nekani

aku, 10awit Demas wis rumaket marang donyaiki lan ninggal aku. Dheweke wis mangkatmenyang Tesalonika. Kreskes wis lungamenyang Galati lan Titus menyang Dhalmatia.11Mung Lukas sing isih tetunggalan karo aku.Markus pethuken lan ajaken mrene, awitanggone leladi wigati tumrap aku. 12Tikhikuswis dakkon menyang Efesus. 13Yen kowemrene, jubah kang daktinggal ana ing kuthaTroas ana ing omahe Karpus, cangkingenlan uga buku-bukuku, kang prelu dheweperkamen kae.14Aleksander tukang tembaga kae wis

nindakake piala akeh marang aku. Iku bakaldiwales dening Gusti manut panggawene.15Kowe uga sing waspada marang wong iku,awit banget anggone merangi piwulang kita.16Nalika aku ngunjukake panjawab kangkawitan, ora ana wong siji-sijia kang mbiyantuaku, kabeh padha ninggal aku -- iku mugaaja ditempuhake marang wong-wong mau-- 17nanging Gusti wus ngamping-ampingi

Page 903: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 TIMOTEUS 4.18–22 11

aku lan nyantosakake aku, supaya Injilkaundhangake babar pisan lumantar akulan sakehe wong kang dudu Yahudi padhangrungokake! Dadine aku luwar saka ingcangkeming singa. 18Karodene Gusti bakalngluwari aku saka ing sarupane panggaweala. Panjenengane bakal milujengake aku,satemah aku banjur lumebu ing Karatoneing Swarga. Panjenengane linuhurna ingsalawas-lawase! Amin.

Salam

4:19-2219Salam marang Priska lan Akwila lan

marang brayat Onesiforus. 20Erastus kari anaing kutha Korinta dene Trofimus daktinggallara ana ing Miletus. Arahen anggonmu mrenesadurunge mangsa bedhidhing. 21Salam sakaEbulus lan Pudes sarta Linus lan Klaudhiaapadene saka sadulur kabeh.22Gusti muga nunggila ing rohmu.

Sih-rahmate nunggila ing kowe!

Page 904: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

TITUS

Salam pandonga

1:1-4

11Saka Paulus, abdining Allah lan rasuleGusti Yesus Kristus, manut pracayaning

para pepilihane Gusti Allah sarta pangawruhingkayekten, kang laras karo pangibadah kita,2alandhesan pangarep-arep marang uriplanggeng kang sadurunge purwaning jamanwus kaprasetyakake dening Gusti Allahkang ora dora, 3 tuwin kang ing wektu kangkinarsakake wus nglairake pangandikaneana ing pangundhanging Injil, kang wuskapitayakake marang aku cundhuk kalawandhawuhing Allah, Pamarta kita, 4marangTitus, anakku kang satuhu awit saka tunggalpracaya: sih-rahmat lan tentrem-rahayu sakaGusti Allah Sang Rama lan Gusti Kristus Yesus,Pamarta kita, anaa ing kowe.

Bubuhane Titus ana ing pulo Kreta.

Sarat-sarat tumrap pinituwautawa pamonging pasamuwan

1:5-165Mulane kowe daktingal ana ing pulo Kreta

iku, supaya kowe mranata apa-apa kang isih

Page 905: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

TITUS 1.6–14 2

prelu ditata sarta supaya kowe ngangkatapinituwa-pinituwa ana ing saben kutha, kayakang wus dakprentahake marang kowe,6yaiku para wong kang tanpa cacad, arabisiji, kang anak-anake padha laku pracaya lanora bisa ditarka uripe ora pantes tuwin oratumata. 7Amarga kang jeneng pamong ikukudu tanpa cacad, awit dadi juru panatanepadalemaning Allah, kudu ora kumawasa, oragampang nepsu, ora karem ngombe anggur,ora dhemen kerengan, ora srakah, 8nangingseneng aweh pamondhokan, seneng marangsamubarang kang becik, wicaksana, adil,saleh, bisa ngendhaleni dhiri 9 sarta ngantepiing pangandika kang satuhu, kang cundhukkaro piwulang kang sanyata matemah bisamituturi wong adhedhasar piwulang iku tuwinbisa ngyakinake marang para kang lumawan.10Amarga wus akeh wong kang uripe ora

tumata, tukang ngoceh tanpa tanja, kangnasarake, luwih maneh saka panunggalanewong tetakan. 11Wong-wong kang kayamangkono iku kudu dibungkem cangkeme,awit iku gawe kisruh brayat akeh kalawanpiwulange kang ora patut, supaya olehkauntungan kang nistha. 12Ana panunggalane,yaiku nabine dhewe, iku tau duwe ujarmangkene: “Wong Kreta iku salawase padhawong dora, kewan galak lan wong drembakang kesed.”13Paseksen kang mangkono iku bener.

Awit saka iku welehna kang banget, supayapracayane dadi waras, 14 sarta aja maneh-

Page 906: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

TITUS 1.15–2.5 3

maneh nggatekake marang dongeng-dongengYahudi lan angger-anggering manungsa kangngungkurake ing kayekten. 15Tumraping wongkang resik, samubarang kabeh iku resik,nanging tumraping wong kang jember lankang ora pracaya, ora ana barang siji baekang resik, awit pikirane lan rumangsaningatine jember. 16Ngakune padha wanuhmarang Gusti Allah, nanging diselaki kalawantingkah-lakune, amarga padha alaku rusuh landuraka sarta ora bisa nindakake samubarangkang becik.

Kawajibane wong tuwa,wong nonoman lan batur

2:1-10

21Nanging kowe iku martakna apa kangcundhuk karo piwulang kang satuhu.

2Para wong lanang kang tuwa iku padhadiwaras ing budi, kajen, wicaksana sartakadunungan pracaya, katresnan lan buditumemen kang waras. 3Mangkono uga parawong wadon kang wus tuwa, iku padhanelakna anggone dadi wong ngibadah, ajadhemen mitenah, aja karem ngombe anggur,nanging dibisa aweh piwulang kang becik4 lan bisa merdi wong-wong wadon kang isihenom, supaya padha tresna marang kanglanang tuwin marang anak-anake, 5wicaksana,alaku suci, sregep ngatur baleomahe, becikpambekane sarta sumuyud marang kanglanang, supaya Pangandikaning Allah aja

Page 907: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

TITUS 2.6–14 4

nganti dialakake. 6Mangkono uga para wongnonoman, padha pituturana, supaya padhabisa ngendhaleni awake dhewe ing sadhengahprakara 7 lan kowe dhewe dadia tuladha ingbab nindakake panggawe becik. Anggonmumemulang dikalawan jujur sarta tumemen.8Pamulangmu disalugu lan tanpa cacad,supaya wong kang nglawan dadia wirang,amarga ora ana kang tinemu kang kenadigawe ngalakake marang kita.9Para batur sing padha sumuyud marang

lurahe tumrap samubarang kabeh, padhagawea renane lan aja madoni, 10aja slingkuh,nanging tansah nelakna anggone temen lansetya, supaya marga saka mangkono tumraping samubarang kabeh, padha ngluhurakepiwulange Allah, Pamarta kita.

Sih-rahmate Gusti Allahnylametake manungsa kabeh

2:11-1511Awitdene sih-rahmate Gusti Allah kang

nylametake manungsa kabeh iku wus kababar.12 Iku merdi marang kita, supaya kita ninggalpamblasar lan kamelikan kadonyan sartasupaya kita duwea laku kang wicaksana,adil tuwin mursid ana ing donya samengkoiki, 13kalawan manganti-anti marang ingkatetepane pangarep-arep kita, kang kebaking karahayon lan ngatingalake kamulyaningAllah kang Mahaagung sarta Pamarta kitaGusti Yesus Kristus, 14kang wus masrahake

Page 908: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

TITUS 2.15–3.6 5

sarirane kanggo kita, supaya kita luwarsaka ing sakabehing piala apadene banjurdadi umat kang wus kasucekake deningPanjenengane, kagem panjenenane, dadikagungane piyambak, kang taberi marang ingpanggawe becik.15 Iku kabeh wartak-wartakna, wong-wong

padha pituturana lan surup-surupna kalawanpangaribawamu. Aja nganti ana wong kangngremehake kowe.

Piweling-piweling panutup

3:1-14

31Wong-wong padha elingna, supaya padhasumuyud marang pamarentah lan para

kang ngasta panguwasa, mbangun-miturutsarta padha cumadhang marang sadhengahpanggawe becik. 2Aja seneng mitenah, ajadhemen tukar-padu, disumanak lan dialus ingwicara marang sadhengah wong. 3Amarga ingmaune urip kita iya padha tanpa budi: wangkal,nasar, kawengku ing hawa-nepsu rupa-rupalan kapencut, laku kita nuruti piala landrengki, rusuh, sengit-sinengitan. 4Nangingbareng kamurahaning Allah, Pamarta kita,sarta katresnane marang manungsa kababar,5 ing nalika iku Panjenengane nylametakemarang kita, ora marga saka panggawebecik kang wis kita lakoni, nanging margasaka sih-rahmate sarana padusan kalairankapindho lan marga saka kaanyarake deningSang Roh Suci, 6kang wus kaesokake marang

Page 909: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

TITUS 3.7–14 6

kita dening Gusti Yesus Kristus, Pamarta kita,7 supaya kita, kang wus kabenerake deningsih-rahmate, padha wenang nampani uriplanggeng, kayadene kang dadi pangarep-arepkita. 8 Iki tembung kang satuhu lan karepkukowe supaya yakin ngungkuli bab iku, amrihwong-wong kang wis padha pracaya marangGusti Allah padha ngudi kanthi temen-temennglakoni panggawe becik. Yaiku kang prayogalan migunani tumrap manungsa. 9Nangingmungguh bebantahan kang ora urus, prakarasarasilah, apadene parapadu lan regejeganbab angger-anggering Toret, iku singkiranaawit iku kabeh ora ana gunane sarta tanpapaedah. 10Wong kang nasar pracayane, kangwus kokpituturi kaping sapisan utawa kapingpindho, iku dohana. 11Kowe mangreti, yenwong kang kaya mangkono iku nasar temenanlan ngukum awake dhewe kalawan dosane iku.12Besuk samasa Artemas utawa Tikhikus

wus dakkongkon nemoni kowe, kowe enggalmrelokna nekani aku ana ing kutha Nikopolis,awit niyatku arep ngaso ana ing konosasuwene mangsa bedhidhing iki. 13Zenas ahliToret kae lan Apolos padha tulungana lakunekang gumati, supaya aja nganti kekurangansawiji apa. 14Sarta wong-wong kita cikben iyapadha nggegulang nglakoni panggawe becik,supaya bisa nyukupi kabutuhaning urip kangbaku, amrih uripe aja nganti tanpa guna.

Page 910: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

TITUS 3.15 7

Salam pandonga

3:1515Kabeh kang melu aku padha kirim salam.

Salam pandongaku marang para kang padhatresna marang aku kabeh ing sajroningpracaya. Sih-rahmat anaa ing kowe kabeh.

Page 911: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

FILEMON

Salam

1-3

11Saka Paulus, wong ukuman margasaka Gusti Kristus Yesus, lan saka

sadulur kita Timoteus, marang Filemonkang kinasih, rewangku nyambut-gawe,2 lan marang sadulurku wadon Apfia, sartamarang Arkhipus, kanca tunggal gawe, tuwinmarang pasamuwan kang ana ing omahmu.3Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka GustiAllah Rama kita lan saka Gusti Yesus Kristus,anaa ing kowe kabeh.

Pamuji sokur

4-74Aku saos sokur marang Allahku, samangsa

aku ngelingi kowe sajrone pandongaku,5 sabab aku wus krungu bab katresnanmumarang para suci lan bab pracayamu marangGusti Yesus. 6Lan aku ndongakake, supayaanggonmu padha tunggal pracaya ikusabiyantu nuju marang kawruh kang utamaana ing antara kita kagem Sang Kristus. 7Sakatumindaking katresnanmu, aku rumangsaoleh kabungahan gedhe, lan kasantosan

Page 912: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

FILEMON 1.8–16 2

marga kowe wus nglejarake atine para suci,sadulurku!

Karsane Rasul Paulus tumrap Onesimus

8-228Marga saka iku, sanadyan ana sajroning

patunggilane Gusti Kristus, aku duwewewenang mrentahi kowe, bab apa kangwajib koklakoni, 9ewasamono ngelingitumindaking katresnanmu iku, luwih prayogayen aku nglairake panjaluk marang kowemangkene: Aku Paulus kang wus nganciktuwa, luwih-luwih saiki kinunjara margasaka Gusti Kristus Yesus, 10duwe panjalukmarang kowe, bab anakku kang daktemusajrone aku kinunjara, yaiku Onesimus,11kang ing maune ora migunani marangkowe, nanging saiki maedahi banget, iyamarang kowe iya marang aku. 12Dhewekedakpurih bali melu kowe, sanadyan iku wodingatiku. 13Satemene maune arep dakendhegana ing pakunjaran, minangka sesulihmungladeni aku sajrone kinunjara marga sakaInjil, 14nanging sadurunge ana palilahmuaku ora wani tumindak, supaya prakara kangbecik iku aja nganti anggonmu nindakakekanthi kapeksa, nanging bisaa kanthi lega lila.15Sabab bokmanawa sarana patrap mangkonoiku pisahe karo kowe ing sawatara mangsaiku njalari kowe bisa mengku dheweke ingsalawase, 16ora kaya batur maneh, nangingluwih saka mangkono, yaiku kayadene

Page 913: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

FILEMON 1.17–25 3

sadulur kang kinasih. Iya kaya mangkono ikupangrengkuhku, saya maneh tumrap kowe,dadia cara kamanungsan dadia ana ing Gusti.17Yen aku kokanggep kanca tunggal pracaya,

dheweke iya tampanana kaya anggonmunampani aku. 18Dene yen kirane dheweke wusgawe pitunamu, utawa dheweke utang marangkowe, jibahna kabeh marang aku, 19akuPaulus kang nanggung kanthi daktulis dhewe,iya aku kang bakal nglironi, prelune aja ngantiaku muni: “Kabeh iku dadi tanggunganmu,”awit kowe padha duwe utang marang aku,yaiku awakmu dhewe.20He, sadulurku, muga kowe migunanana

tumrap aku ana ing Gusti. Lipuren atikuana ing Gusti Kristus. 21Anggonku nulislayang marang kowe iki kanthi pangandelyen kowe bakal miturut. Aku sumurup yentumindakmu bakal luwih saka panjalukku.22Kajaba saka iku aku iya cawisana papanpamondhokan, marga saka pandongamu,aku duwe pangarep-arep yen aku bakalkaparingake marang kowe kabeh maneh.

Salam

23-2523Salam marang kowe saka Epafras, kancaku

kinunjara marga saka Gusti Kristus Yesus,24 lan saka Markus, Aristarkhus, Dhemas lanLukas padha kancaku ing gawe. 25Sih-rahmateGusti Yesus Kristus nunggila ing sukmamu.

Page 914: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI

Gusti Allah ngandika lumantar Kang Putra

1:1-4

11Sawise nalika jaman biyen Gusti Allahngandika marang para leluhur kita

nganti marambah-rambah sarta kalawanpatrap warna-warna lumantar para nabi,2 ing jaman wekasan iki Panjenenganewus ngandika marang kita lumantar KangPutra, kang wus ditetepake dadi ahli-warisetumrap samubarang kabeh; iya lumantarPanjenengane Gusti Allah anggone wusnitahake alam jembar. 3Panjenengane dadicahya kamulyane Gusti Allah sarta gambarwujuding Allah lan nyanggi samubarang kabehsarana sabdane kang kebak panguwasa.Lan sawise rampung anggone ngresiki dosa,Panjenengane lenggah ing satengene KangMahaagung ana ing ngaluhur; 4kaluhuranebanget anggone ngungkuli para malaekat,padha kaya pinunjuling asma kang wuskaparingake marang Panjenengane kang ugabanget anggone ngungkuli endahing jenengepara malaekat mau.

Page 915: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 1.5–9 2

Kaluhurane Sang Putrangungkuli para malaekat

1:5-145Sapa ta panunggalane para malaekat kang

tau dipangandikani mangkene:“Sira iku PutraningSun!Sira wus Sunputrakake ing dina iki?”

sarta“Ingsun bakal dadi Ramane,lan Panjenengane bakal dadi PutraningSun?”

6Sarta nalika Panjenengane ngirid IngkangPutra kang pembayun marang jagad,Panjenengane ngandika:“Sakehe malaekating Allah kudu nyembah

marang Panjenengane.”7Dene tumrap para malaekat Panjenenganengandika:“Kang ndadekake para malaekate dadi anginsarta para abdine dadi geni kang

ngalad-alad.”8Nanging tumrap Sang Putra Panjenenganengandika:“Dhuh, Allah, dhampar Paduka punika

langgeng salaminipun, lantarankaprabon Paduka punika lantaraningkaleresan.”

9 “Paduka punika tresna dhateng kaadilansaha sengit dhateng duraka,

pramila, dhuh Allah, Allah Paduka sampunnjebadi Paduka kaliyan lisahing

Page 916: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 1.10–2.2 3

kabingahan, nglangkungi para kanthiPaduka.”

10Lan maneh:“Dhuh Pangeran, wiwitanipun Paduka

ingkang nalesi bumi,saha langit punika yasanipun asta Paduka.11Sadaya punika badhe sirna, nanging

Paduka tetep langgengsarta sadaya punika badhe sami luwas kados

pangangge;12 saha badhe Paduka gulung kados jubah,saha sami badhe kasantunan kados

pangangge,nanging Paduka punika lestantun sami,saha taun Paduka badhe tanpa wates.”

13Sarta endi ana malaekat kang tau didhawuhimangkene:“Lungguha ana ing tengeningSun,nganti mungsuh-mungsuhira wus

padha Sundadekake ancik-ancikingtlapakanira?”

14Kabeh iku apa ora padha dadi rohkang ngladeni, kang kautus leladi marangwong-wong kang bakal marisi karahayon?

Karahayon kang agung

2:1-4

21Marga saka iku kita kudu luwih tlitianggon kita nggatekake apa kang wus

kita rungu, supaya kita ora kentir katut iliningbanyu. 2Sabab manawa pangandika kangkadhawuhake lumantar para malaekat iku

Page 917: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 2.3–8 4

tetep tumindak, sarta sarupane panerak lanpamurangsarak iku nampani piwales murwat,3kapriye anggon kita akal oncat, manawa kitaora maelu marang karahayon kang samonogedhene iku, kang wiwitane diundhangakemarang kita dening Gusti, lan dening kangpadha ngrungokake kalawan patrap kang kenadipracaya, 4Gusti Allah ngekahake paseksenekanthi tandha-tandha lan kaelokan sartapanguwasa warna-warna sarta kalawan RohSuci, kang diedum-edumake ing sakarsane.

Gusti Yesus sawatara mangsa luwih asorkatimbang karo para malaekat

2:5-185 Jalaran ora marang para malaekat anggone

Panjenengane wus nelukake jagad kang bakaldumadi, kang lagi kita rembug iki. 6Ana wongkang tau nglairake paseksen ing sawijiningnas mangkene:“Manungsa punika punapa ta, dene ngantos

Paduka engeti, utawi anaking manungsa,dene ngantos Paduka openi?

7Wondene kangge sawatawis wekdalsampun Paduka dadosaken langkungandhap sakedhik tinimbang kaliyanpara malaekat, saha sampun Padukamakuthani kaluhuran tuwin kaurmatan,

8 samukawis sadaya sampun Padukatelukaken ing sangandhapingtlapakanipun.”

Page 918: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 2.9–13 5

Amarga sajrone nelukake samubarangmarang Panjenengane, ora ana siji baekang kliwatan, kang ora teluk marangPanjenengane. Ewadene ing samengko kitapadha durung weruh, manawa samubarangkabeh wis ditelukake marang Panjenengane.9Nanging Panjenengane, kang sawataramangsa didadekake luwih asor sathithiktinimbang para malaekat, yaiku GustiYesus, kita sumurup, kang jalaran anggonenglampahi sangsara seda, banjur kamakuthankamulyan lan kaurmatan, supaya margasaka sih-rahmate Gusti Allah, Panjenenganenglampahi seda iku kanggo manungsa kabeh.10 Jalaran pancen wus mungguh karo

kaananing Allah, -- kang kagem Panjenenganesarta dening Panjenengane anggonesamubarang kabeh iku dititahake --, yaikuGusti Allah kang nuntun wong akeh marangkamulyan, uga nyampurnakake GustiYesus, kang ngirid wong-wong iku marangkarahayon, srana nandhang sangsara.11 Jalaran Panjenengane kang nucekake, sartakang padha kasucekake, iku asale saka Siji.Mulane Panjenengane iya ora lingsem nyebutsadulur marang wong-wong iku, 12ature:“Asma Paduka badhe Kawula wartosaken

dhateng para sadherek Kawula,saha Kawula badhe ngidungakenpangalembana dhumateng Padukawonten ing satengahing pasamuwan.”

13Sarta maneh:“Aku bakal pracaya marang Panjenengane,”

Page 919: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 2.14–3.1 6

lan maneh:“Satemene, lah iki Aku sarta anak-anak

kang wis diparingake dening Gusti Allahmarang Aku.”

14Kang iku sarehne anak-anak iku sakagetih lan daging, mulane Panjenengane iyabanjur dadi padha karo anak-anak maulan oleh panduman ing kaanane, supayamarga saka sedane Panjenengane nyirnakakeIblis kang nguwasani pati; 15 sarta kanthipatrap mangkono Panjenengane ngluwariwong-wong, kang sajege urip padha kawengkuing pangawulan marga saka wedine marangpati. 16 Jalaran satemene dudu para malaekatkang diwelasi dening Panjenengane, nangingtrahe Rama Abraham. 17Mulane, ing babapa bae Panjenengane kudu dipadhakakekaro para sadhereke, supaya dadia ImamAgung kang welasan sarta setya marang GustiAllah, prelu mbirat dosane sakehing bangsa.18 Jalaran sarehne Panjenengane piyambak wisnandhang sangsara marga saka kagodha, dadiPanjenengane saged mitulungi marang wongkang padha kena ing panggodha.

Kaluhurane Gusti Yesusngungkuli Nabi Musa

3:1-6

31Mulane, heh para sadulur kang suci,kang padha oleh panduman timbalan

kaswargan, padha mawasa marang SangRasul sarta Imam Agung kang kiat akoni, iya

Page 920: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 3.2–9 7

iku Gusti Yesus, 2kang setya marang kangwis njumenengake, kayadene Nabi Musa kangsetya ing sapadalemane kabeh. 3 JalaranPanjenengane kaanggep sembada kaparingankamulyan kang ngluwihi Nabi Musa, padhakayadene kang gawe omah luwih kajentinimbang omah gegaweane. 4Amarga sabenomah digawe dening sawijining ahli gaweomah; ananging Ahli kang yasa samubarangkabeh iku Gusti Allah. 5Karodene NabiMusa pancen tumemen ana ing padalemaneAllah kayadene pelados, supaya paringpaseksen ing bab apa kang ing tembe bakaldipangandikakake, 6ananging Gusti Kristusiku setya kayadene Putra kang mengkupadalemane; sarta padalemane iya iku kita,angger kita padha kukuh ing pracaya sartaing pangarep-arep kang kita agung-agungakenganti tumeka ing wekasan.

Tampa bebendu marga murtad

3:7-197 Jalaran saka iku, kaya kang

kapangandikakake dening Roh Suci:“Ing dina iki, manawa sira padha krungu

swarane,8aja padha mangkotake atinira, kaya anane

panggrundel, ing nalika jaman panyobaana ing pasamunan,

9 ing kono leluhurira padha nyoba marangIngsun, kanthi cara ndadar Ingsun,

Page 921: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 3.10–17 8

sanadyan padha weruh pakaryan-pakaryaningSun,

10 lawase patang puluh taun.Yaiku sababe Ingsun duka marang golongan

iku sarta ngandika: Wong-wong ikutansah nasar atine,

sarta padha ora nyumurupi marginingSun,11 temahan Ingsun supaos sajroning

bebenduningSun:Wong-wong iku ora bakal mlebu ing

panggonan paleremaningSun.”12He, para sadulur, pada diwaspada, supayaing antaramu aja ana kang kadununganati ala sarta ora pracaya amarga murtadnyingkur marang Gusti Allah kang asipatgesang. 13Nanging padha eling-ingelingna ingsadina-dina sajrone isih bisa kaaranan “dinaiki”, supaya panunggalanmu aja ana kang dadiwangkot atine, marga saka pamblithukingdosa. 14 Jalaran kita wus oleh panduman anaing Sang Kristus, angger kia padha ngukuhiing kayakinaning pracaya kita kang wiwitan,nganti tumeka ing wekasan. 15Anangingmanawa wus tau kapangandikakake:“Ing dina iki, manawa sira krungu swarane,aja padha mangkotake atinira, kaya nalika

ana ing sajroning panggrundel.”16Sapa ta kang memungu dukaning Allah,sanadyan padha krungu swarane? Apa duduwong kabeh kang padha metu saka ing tanahMesir katuntun dening Nabi Musa? 17Sartasapa kang dibendoni dening Panjenenganepatang puluh taun lawase? Apa dudu wong

Page 922: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 3.18–4.4 9

kang padha nglakoni dosa sarta kang jisimepating glimpang ana ing pasamunan? 18Lansapa kang wus disupaosi, bakal ora padhalumebu ing panggonan paleremane? Apadudu wong kang padha ora mbangun-miturutiku? 19Dadine kita padha sumurup, manawawong iku padha ora bisa lumebu amarga sakaanggone ora pracaya.

Dina palereman kangkatemtokake dening Gusti Allah

4:1-13

41Marga saka iku, kita dipadha waspada,supaya aja nganti ana wong ing antaramu

kang kaanggep keri, sanadyan prasetyabab lumebu ing paleremane isih tumindak.2Amarga kia uga padha kawartanan kabarkabungahan, padha kaya wong-wong iku,nanging pangandika kang kawartakake ikutanpa guna tumrap wong-wong mau, jalaranora kinanthenan pracaya dening kang padhangrungokake iku. 3Amarga kita kang padhapracaya, bakal lumebu ing palereman, kayakang kapangandikakake dening Panjenengane:“Temahan Ingsun supaos sajroning

bebenduningSun:Wong-wong iku mesthi padha ora bakal

lumebu ing paleremaningSun”,sanadyan pakaryane wus rampung wiwit

nalika dumadining jagad.4Amarga bab dina kapitu iku wus taukapangandikakake ana ing sawijining nas:

Page 923: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 4.5–12 10

“Lan ing dina kapitu Gusti Allah kendel sakapakaryane kabeh.” 5Sarta ing sajrone nasiku, kita maca: “Wong-wong iku ora bakallumebu ing paleremaningSun.” 6Dadi wuscetha manawa ana wong sawatara kang bakallumebu ing palereman iku, dene wong-wongkang wus luwih dhisik diwartani kabarkabungahan iku ora lumebu, amarga orapadha mbangun-miturut. 7Mulane Gusti Allahnemtokake sawijining dina maneh, yaiku “dinaiki”, nalika Panjenengane wus samono lawaseanggone ngandika lumantar Prabu Dawud,kaya kang wus kasebut ing dhuwur:“Ing dina iki, manawa sira padha krungu

swarane, aja padha mangkotakeatinira!”

8 Jalaran, saupama Hakim Yusak wusnglebokake wong-wong iku marang ingpalereman, mesthi sawuse mangkono GustiAllah ora bakal mangandikakake dina liyanemaneh. 9Dadi isih ana dina palereman, dinakapitu kanggo umate Gusti Allah. 10Awit singsapa wis lumebu ing papan paleremane Allah,wong iku dhewe wis leren saka sakehingpagaweane, padha kaya Gusti Allah anggonekendel saka pakaryane. 11Mulane luwih becikmanawa kita mbudi-daya lumebu sajroningpalereman iku, supaya aja nganti ana kangtiba amarga nyonto marang pambalela ikuuga.12Sabab pangandikane Gusti Allah iku

gesang lan santosa sarta luwih landheptinimbang sakabehing pedhang kang landhep

Page 924: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 4.13–5.2 11

kiwa-tengen. Tumamane bebles ngantimisahake nyawa lan roh, ros-rosan-ros-rosanlan sungsum; bisa mbedakake panimbang lanpangangen-angening ati kita. 13Sarta ora anatitah kang sinamar ana ing ngarsane, jalaransamubarang kabeh katon ngeblak lan bukakanana ing ngarsane paningale kang mundhutpanjawab marang kita.

Gusti Yesus jumeneng Imam Agung

4:14--5:1014Sarehne kita padha duwe Imam Agung

kang pinunjul, kang wis sumengka nratasnglangkungi sakehing langit, yaiku GustiYesus, Putraning Allah, mulane kita padhangantepana ing sahadat kita. 15Awit ImamAgung kita iku dudu imam agung kang ora bisangrasakake sakehing kaapesan kita nangingmalah kang padha karo kita; Panjenenganewis ngalami kagodha nanging ora damel dosa.16Kang iku payo padha sowan kalawan kendelmarang dhamparing sih-rahmat, supaya kitaoleh palimirma sarta nemu sih-rahmat kangnjalari kita kapitulungan ing mangsa kangbecik.

51Awitdene saben imam agung, kangkapiji saka ing antarane manungsa, iku

katetepake kanggo manungsa minangkapantaraning manungsa karo Gusti Allah,supaya nyaosake pisungsung sarta kurbantumrap dosa. 2Panjenengane kudu bisa melungraosake kaanane para wong bodho lan para

Page 925: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 5.3–10 12

wong kang kesasar, amarga panjenenganepiyambak uga kebak ing kaapesan, 3kangngudokake saos kurban tumrap dosa, oramung kanggo para umat, nanging uga kagempanjenengane piyambak. 4Sarta ora anawong kang ngalap drajat iku kanggo awakedhewe, nanging katimbalan dening GustiAllah kaya kang wis kalakon tumrap ImamAgung Harun. 5Mangkono uga Sang Kristusora mulyakake sarirane piyambak saranajumeneng Imam Agung, nanging kamulyakakedening Panjenengane kang mangandikani:“Sira iku PutraningSun!Sira wus Sunputrakake ing dina iki,”

6 iya kaya pangandikane ing ayat liyane manehmangkene:“Sira iku dadi Imam salawas-lawase,manut tatane Melkisedhek.”

7Nalika sugenge ana ing daging, Panjenenganewus ngaturake pandonga sarta panyuwunkanthi muwun lan sesambat marangPanjenengane, kang kuwaos milujengakesaka pati, sarta marga saka kamursidanePanjenengane wus dipidhangetake. 8Sartasanadyan Panjenengane iku Sang Putra,ewasamono wus sinau mbangun-miturutsaka anggone nandhang sangsara, 9 lansawise nggayuh kasampurnane, Panjenenganedadi jalarane karahayon kang langgengtumrap sakehing wong kang mituhu marangPanjenengane, 10 sarta Panjenenganekatimbalan dadi Imam Agung dening GustiAllah, manut tatane Sang Melkisedhek.

Page 926: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 5.11–6.5 13

Pepeling supaya aja nganti murtad

5:11--6:811Mungguh prakara iku akeh sing kudu

padha dakkandhakake, ananging angelditerangake, marga kowe wis padha dadialot ing pangrungumu. 12Sabab sanadyanakowe sabenere wus padha dadi guru, yenkapirid saka ing wektu, ewadene kowe isihprelu diwulang maneh bab dhasar-dhasaringpangandikane Gusti Allah sarta kowe isihbutuh banyu susu, dudu pangan kang akas.13Amarga sing sapa isih butuh banyu susu,iku durung ngerti piwulang bab kabeneran,sabab isih dadi bayi suson. 14Nanging pangankang akas iku kanggo para wong diwasa, kangduwe pancadriya kang wis digladhi mbedakakekang becik sarta kang ala.

61Marga saka iku payo padha ninggalwiwit-wiwitaning dhasar-dhasare piwulang

bab Sang Kristus sarta padha nerusakecandhake satutuge. Kita aja nganti masangmaneh tetalesing pamratobat saka tingkahlaku kang muspra, sarta tetalesing pracayamarang Gusti Allah, 2yaiku piwulang babwarna-warnaning baptis, panumpangingtangan, tangine para wong mati sartapaukuman langgeng. 3Yaiku kang bakalpadha kita lakoni, manawa dadi keparengingAllah. 4Sabab mungguh wong-wong kangwus tau kapadhangan atine 5kang wus taungrasakake peparinging kaswargan sarta kang

Page 927: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 6.6–11 14

wus tau kapanduman Roh Suci, lan kangwus ngrasakake pangandikane Gusti Allahkang utama sarta dayane jagad kang bakalkalakon, 6nanging kang padha murtad maneh,iku ora bisa dianyarake sapisan engkas,satemah padha mratobat, amarga prasasatnyalib Putrane Allah maneh kanggo awakedhewe, sarta ngremehake Panjenenganeing ngarepane wong akeh. 7Sabab bumikang nesep banyu udan kang kerep tumibaing dhuwure, kang metokake tanem tuwuhkang maedahi tumrap kang nggarap iku,tampa berkah saka Gusti Allah; 8nangingmanawa bumi iku nuwuhake bebondhotan lanrerungkudan, iku tanpa guna sarta cepak kenaing supata, kang wekasane kaobong.

Kukuh ing pangarep-arep

6:9-209Ewadene, he para kekasihku, sanadyan

aku padha pitutur mangkono marang kowe,aku padha mesthekake, manawa kowepadha duwe bab-bab kang luwih beciksarta kang isi karahayon. 10Amarga GustiAllah ora kurang adil, nganti Panjenenganebanjur kesupen marang ing panggawemulan katresnanmu kang koklairake kagemasmane srana anggonmu padha ngladeni parasuci, kang isih koklakoni nganti saprene iki.11Nanging kang padha dakarep-arep sawiji-wijining panunggalanmu supaya nelakakekataberen kang kaya mangkono iku satemah

Page 928: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 6.12–20 15

pangarep-arepmu bisa kagayuh sakatoge,nganti tumeka ing wekasan, 12 supaya koweaja padha sungkanan, nanging padha nuladamarang wong kang awit saka pracaya lansabar mantep padha oleh panduman apa kangwus kaprasetyakake dening Gusti Allah.13Awitdene nalika Gusti Allah maringake

prasetyane marang Rama Abraham, banjursupaos demi Panjenengane piyambak,sarehne ora ana manungsa kang ngungkuliPanjenengane, 14pangandikane: “Ingsayektine sira bakal Sunberkahi nganti lubersarta sira bakal Suntangkarake dadi akehbanget.” 15Rama Abraham ngentosi kanthisabar sarta marga saka mangkono banjurtampa apa kang kaprasetyakake. 16Mungguhmanungsa iku anggone supaos demi kangluwih luhur sarta supata iku minangkapikukuhe, kang mungkasi sakehing padudon.17Marga saka iku luwih ngyakinake marangwong-wong kang nduweni hak nampaniprasetya iku ing bab teteping putusane, GustiAllah wus nanggel kanthi supaos, 18 supayamarga prakara loro kang tetep, mokalmanawa Gusti Allah cidra, kita kang ngupayapangayoman, oleh pangatag-atag kangkuwat amrih nggayuh marang pagnarep-arepkang kagantungake. 19Dene pangarep-arepiku minangka jangkaring nyawa kita kangkukuh lan santosa, kang wis ditibakake tekansaburining gubah, 20kang wus dilebeti deningGusti Yesus minangka Pangirid kita, kang

Page 929: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 7.1–6 16

jumeneng Imam Agung langgeng manuttatane Sang Melkisedhek.

Gusti Yesus Kristus lan Sang Melkisedhek

7:1-10

71Awitdene Sang Melkisedhek iku ratuing Salem sarta imame Kang Mahaluhur,

kang methukake sarta mberkahi RamaAbraham nalika Rama Abraham kondur sakaanggone ngalahake para raja. 2Rama Abrahamuga nyaosake saprasapuluhe samubarangmarang panjenengane. Manut tegese asmaMelkisedhek iku sapisan ateges ratuningkaadilan, sarta uga ratu ing Salem, yaikuratuning tentrem-rahayu, 3kang tanpa Rama,tanpa ibu, tanpa sarasilah, kang ora anawiwitaning dinane sarta wekasaning yuswane,sarta sarehne panjenengane kadadekakepadha karo Putrane Gusti Allah, dadine lestarijumeneng imam ing salawase.4Mara padha pikiren, saiba luhure Sang

Melkisedhek iku, dene Rama Abrahamleluhur kita nganti nyaosi saprasapuluhesakehing jarahan kang becik dhewe. 5Denemungguh para turune Lewi kang padhatampa kalungguhan imam, iku manut angger-anggering Toret, kawajibake nglumpukakepisungsung prasapuluhan saka umat Israel,yaiku para sadulure, sanadyan wong-wongiki uga tedhake Rama Abraham. 6NangingSang Melkisedhek, kang ora tunggal turunkaro wong-wong iku, mundhut prasapuluhan

Page 930: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 7.7–14 17

marang Rama Abraham sarta mberkahipanjenengane, sanadyan sing kagunganprasetya iku. 7Pancen wis ora kena dipadoni,manawa kang luwih asor diberkahi deningkang luwih luhur. 8Sarta ana ing kenekang tampa prasapuluhan iku wong kangpadha kena ing pati, dene ana ing kanaPanjenengane, kang kaseksenan manawagesang. 9Malah kena dikandhakake: Lewikang wenang nampani pisungsung iku iyasaos pisungsung lantaran Rama Abraham,10amarga Lewi isih ana ing garbane leluhurenalika Sang Melkisedhek methukake leluhuremau.

Sang Kristus iku Imam kang luwih luhurtinimbang Sang Imam Agung Harun

7:11-2811Marga saka iku, saupama kaimamane Lewi

wis ngolehake kasampurnan -- jalaran margakaimaman iku, umat Israel wis tampa Toret-- apa sababe dene isih ana Imam Agungliyane kang katetepake manut tatane SangMelkisedhek sarta ora kasebut manut tataneImam Agung Harun? 12Sabab, manawa salinkaimaman, samesthine angger-anggeringToret bakal salin uga. 13Sabab Panjenengane,kang dikarepake ing kene iki, kalebu taler liya,saka taler iki ora ana sing tau ngladeni ingmisbyah. 14Amarga wus disumurupi deningkabeh wong, manawa Gusti kita iku trahsaka Yahuda; dene tumrap taler iki Nabi

Page 931: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 7.15–24 18

Musa ora tau mangandikakake apa-apa babkaimaman. 15Sarta bab iku saya tetela maneh,manawa ana imam liyane kang jumenengmanut tatane Sang Melkisedhek, 16kang dadiimam ora alandhesan pranataning manungsa,nanging alandhesan urip kang ora bisa lebur.17Sabab tumrap Panjenengane ana paseksenmangkene:“Sira iku dadi Imam ing salawas-lawase,manut tatane Melkisedhek.”

18Pancen, sawijining tatanan kang kapacakdhisik iku dibatalake, manawa ora nduwenikakuwatan sarta tanpa guna, 19 -- sababangger-anggering Toret iku babar pisanora nggawa kasampurnan -- nanging saikikathukulake pangarep-arep kang luwihprayoga, kang nyaketake kita kalawan GustiAllah. 20Sarta kayadene bab iki anggonedumadi ora tanpa supata -- wong-wong ikuanggone dadi imam pancen tanpa supata,21nanging Panjenengane nganggo supaos,kang dilairake dening Panjenengane, kangngandika:“Pangeran wus supaos sarta Panjenengane

ora bakal keduwung:Sira iku Imam ing salawas-lawase” --

22mangkono uga Gusti Yesus wus daditetanggelaning prajanjian kang luwihkuwat. 23Karodene kang dadi imam ikucacahe akeh, awit ora bisa lestari anggonejumeneng, jalaran kepalang ing pati.24Nanging, sarehne Panjenengane tetepjumeneng salawas-lawase, kaimamane ora

Page 932: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 7.25–8.2 19

bisa lumengser marang wong liya. 25MulanePanjenengane uga saged mitulungi rahayukalawan sampurna marang sakehing wongkang sowan ing ngarsane Gusti Allah lumantarPanjenengane. Jalaran Panjenengane gesanging salawase prelu jumeneng dadi Pantaranewong-wong mau.26Sabab iya Imam Agung kang kaya

mangkono iku kang kita butuhake, yaikukang suci, tanpa salah, tanpa blentong, kangpinisah karo para wong dosa sarta ngungkulisungsun-sungsune swarga, 27kang ora kayapara imam agung liyane, kang saben-sabenkudu nyaosake kurban tumrap dosane dhewelan sawise iku lagi tumrap dosane umate,sabab prakara iku wus katindakake deningPanjenengane sapisan kanggo salawase nalikaPanjenengane ngaturake sarirane piyambakminangka kurban. 28Sabab angger-anggeringToret iku netepake para wong kang nandhangkaapesan dadi imam agung, nanging supaos,kang kalairake sawuse angger-anggeringToret, iku njumenengake Sang Putra, kangwus sampurna ing salawas-lawase.

Imam Agung prajanjian anyar

8:1-13

81Wose apa kang kita rembug ikumangkene: kita padha duwe Imam Agung

kang kaya mangkono, kang lenggah ingsatengene dhampare kang Mahaagung ingswarga, 2 sarta kang ngladosi pangibadah

Page 933: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 8.3–8 20

ing panggonan kang suci, yaiku ing sajronetarub kang sejati, yasane Gusti Allah sartadudu gaweaning manungsa. 3 Jalaran sabenImam Agung kapatah nyaosake kurbansarta pisungsung, mulane Gusti Yesus ugaprelu kagungan kang dipisungsungake.4Saupama Panjenengane ana ing bumi iki,Panjenengane babar pisan ora bakal jumenengImam, amarga ing kene wus ana para imamkang padha nyaosake pisungsung manutangger-anggering Toret. 5Anggone padhaleladi iku minangka gambar lan wewayanganebarang kaswargan, padha kaya kangkapangandikakake marang Nabi Musa, nalikabakal ngadani yasa tarub: “Dieling,” mangkonodhawuhe, “kabeh iku kudu sira gawe manutpola kang wus katuduhake marang sira anaing dhuwur gunung iku.” 6Nanging saikiPanjenengane wus tampa kaimaman kangluwih dening agung, marga Panjenenganejumeneng Pantaraning prasetyan kang luwihmulya, kang alandhesan prasetya kang luwihluhur.7Sabab yen ta prajanjian kang dhisik iku

tanpa cacad, ora bakal digolekake panggonanmaneh kanggo kang kapindho.8Dene anggone nacad wong-wong iku nalika

Panjenengane ngandika:“Satemene, bakal tumeka ing wektune,”

mangkono pangandikane Pangeran,“Ingsun bakal mranata prajanjian anyar

kalawan turune Israel sarta turuneYahuda,

Page 934: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 8.9–13 219ora kaya prajanjian kang wis Sunanakake

karo para leluhure wong-wong iku,nalika Ingsun nganthi wong-wong ikuSunirid metu saka ing tanah Mesir.

Amarga wong-wong iku ora setya marangprajanjianingSun, sarta Ingsunngemohi wong-wong iku,” mangkonopangandikane Pangeran.

10 “Iya iki prajanjian kang bakal Sunanakakekalawan turune Israel sawise wektu iku,”mangkono pangandikane Pangeran.

“Angger-anggeringSun bakal Sunparingakeana ing budine,

sarta Sunserati ing atine, dene Ingsun bakaljumeneng Allahe sarta wong-wong ikubakal dadi umatingSun.

11Sarta wong-wong iku ora bakal padhamulang maneh marang pepadhanewarga utawa marang pepadhane sadulurkanthi ngucap:

Wanuha marang Pangeran! Amarga kang cilikdalah kang gedhe kabeh bakal padhawanuh marang Ingsun.

12Awitdene Ingsun bakal nandukakesih-piwelas marang kaluputane sarta orabakal ngengeti marang dosa-dosane.”

13Sarehne Panjenengane ngandika babprajanjian anyar, mulane iya mratelakakemanawa kang dhisik iku prajanjian kang wisdadi lawas, sarta apa kang dadi lawas lankawak iku wis cepak sirnane.

Page 935: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 9.1–8 22

Panggonan suci ing bumi sarta ing swarga

9:1-10

91Anadene mungguh prajanjian kangwiwitan iku uga pancen ana pranatan-

pranatane ing bab pangibadah sarta ing babpasucen gaweaning manungsa. 2 Jalaran anatarub kang kapasang rakit, perangane kangngarep dhewe ana ajug-ajuge lan meja kanggoroti sesaosan. Perangan iki kaaranan pasucen.3 Ing saburine gubah kang kapindho anatarube maneh siji kang diarani pasucen kangpinunjul. 4 Ing kono ana misbyahe padupanemas sarta pethi prasetyan kang kalapis emasbleg; ing jerone ana gucine emas isi mannasarta lantarane Imam Agung Harun kang wustau semi sarta watu blebekan prasetyan, 5 laning sadhuwure ana kerube kamulyan loro kangngaubi tutup pangruwatan. Nanging prakaraiki ing samengko ora bisa kita critakake kanthiwijang.6 Iya mangkono iku anggone nata papan kang

suci iku. Dene para imam tansah lumebu ingperangan tarub kang ngarep prelu nindakakepangibadahe, 7nanging tarub kang kapindhoiku mung dilebeti dening Imam Agungpiyambak sataun sapisan, lan kudu ngastagetih kang kasaosake marga saka sariranepiyambak sarta marga saka panerak-panerakeumate kang ora kajarag. 8Kalawan mangkonoiku Sang Roh Suci anggone nelakakemanawa dalan menyang papan suci durung

Page 936: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 9.9–14 23

kawengakake, salawase tarub kang ngarepiku isih ana. 9 Iku minangka pasemon tumraping jaman saiki. Miturut saka iku ana kurbanlan pisungsung kang kasaosake, kang orabisa ndadekake sampurnane wong-wong kangnyaosake manut rumangsaning atine, 10margakabeh kang wujud pangan lan omben-ombensarta pisungsung warna-warna iku mungtatanan tata lair bae, kang mung tumindaknganti tumekane jaman pambangunan.

Gusti Kristus jumeneng Pantawisingprajanjian kang anyar

9:11-2811Balik Gusti Kristus wus rawuh jumeneng

Imam Agung tumrap bab-bab kang becik kangbakal kalakon. Panjenengane wus nglangkungitarub kang luwih gedhe sarta kang luwihsampurna kang ora kayasa dening tanganingmanungsa, -- tegese dudu panunggalane kangtumitah iki --, 12 sarta Panjenengane wuslumebet ing pasucen sapisan kanggo salawas-lawase, ora ngasta getihing wedhus lanangsarta getihing pedhet, nanging ngasta rahepiyambak. Lan marga saka iku Panjenenganewus ngangsalake panebus kang langgeng.13 Jalaran, manawa getihing wedhus lanangsarta getihing sapi lanang lan kepyuraningawune pedhet iku ndadekake sucine wongkang najis, satemah padha kasucekake tatalair, 14mendahane maneh rahe Gusti Kristus,kang marga dening Roh kang langgeng wus

Page 937: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 9.15–22 24

ngurbanake sarirane piyambak konjuk ingAllah minangka pisungsung kang tanpa cacad,iku rak mesthi bakal ngresiki rumangsaning atikita saka pratingkah-pratingkah kang tanpaguna, supaya kita bisa ngabekti marang GustiAllah kang asipat gesang?15Mulane Panjenengane jumeneng Pantawise

prajanjian kang anyar, supaya wong-wongkang wus katimbalan padha bisaa tampawarisan langgeng kang kaprasetyakake,amarga Panjenengane wus seda kanggonebus panerak-panerak kang ditindakake ingsajrone prajanjian kang wiwitan. 16 Jalaranmanawa ana layang wasiyat, ing kono kududipratelakake matine kan gawe wasiyat iku.17Sabab sawijining layang wasiyat iku lagibisa sah, manawa kang gawe wasiyat ikuwus ngajal, sabab wasiyat iku ora tumindak,salawase kang gawe wasiyat mau isihurip. 18Yaiku sababe, dene prajanjian kangwiwitan ora disahake tanpa getih. 19Awitdenenalika Nabi Musa wus ndhawuhake sakehepepakon angger-anggering Toret marangumat kabeh, banjur mendhet getihing pedhetlan getihing wedhus lanang sarta banyu lanwulu abang sarta isop, banjur dikepyurakepiyambak ing kitab iku sarta marang umatkabeh, 20kalawan ngandika: “Iki getihingprajanjian kang katetepake dening Allahtumrap kowe.” 21Mangkono uga tarube lansakehe piranti kang kanggo ing pangibadahiya padha dikepyuri getih. 22Sarta manutangger-anggering Toret meh samubarang

Page 938: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 9.23–28 25

kabeh karesikake srana getih sarta ora anapangapura manawa tanpa wutahing getih.23Dadi gegambarane samubarang kabeh

kang ana ing swarga iku kudu kasucekakekalawan patrap mangkono iku, nangingbarang-barang kaswargan dhewe kasucekakesrana kurban kang luwih becik tinimbang iku.24Sabab Sang Kristus ora mlebet ing sajroningpasucen gaweaning tangane manungsakang mung dadi gegambarane kang sejati,nanging mlebet ing swarga piyambak prelusowan ing ngarsane Gusti Allah kanggokapreluan kita. 25Sarta Panjenengane oramlebet prelu bola-bali ngurbanake sariranepiyambak, kayadene Imam Agung kangsaben taun lumebet ing pasucen ngastagetih kang dudu rahe piyambak. 26 Jalaranmanawa mangkono Gusti kudu bola-balianggone nandhang sangsara wiwit jagad ikidititahake. Nanging saiki Panjenengane mungsapisan anggone nglairake sarirane, yaikuing jaman wekasan, prelu mbirat dosa sranakurbane piyambak. 27Sarta padha kayadenemanungsa katetepake mati mung sapisanbae, lan sawise iku diadili, 28mangkono ugaSang Kristus iya mung sapisan bae anggonengurbanake sarirane prelu nanggel dosanewong akeh. Sawise iku bakal ngatingal sapisanengkas ora prelu nanggel dosa, nanging prelumaringake karahayon marang wong kangpadha nganti-anti marang Panjenengane.

Page 939: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 10.1–7 26

Pisungsung kang sampurna

10:1-18

101 Ing sajroning angger-anggering Toretiku mung kamot wewayangan bae

bab karahayon kang bakal ana, sarta duduwujuding karahayon iku dhewe. Marga sakaiku kalawan kurban kang padha, kang sabentaun lumintu dikurbanake, angger-anggeringToret ora bakal gawe sampurnane wongkang padha nindakake. 2 Jalaran saupamamangkono, mesthi wong-wong padha oranyaosake kurban-maneh, sabab kang padhanindakake pangibadah iku ora ngrumangsanidosa maneh awit wis padha karesikake sapisankanggo salawas-lawase. 3Ananging iya malahmarga saka kurban-kurban iku saben taunwong padha dielingake marang anane dosa.4Sabab mokal manawa getihing sapi lanangutawa getihing wedhus lanang bisa mbiratdosa.5Mulane nalika Panjenengane rawuh ing

jagad, matur:“Kurban saha pisungsung boten Paduka

karsakaken-- nanging Paduka sampun nyawisaken

badan dhateng Kawula --6Kurban obaran saha kurban pambirating

dosaboten ndadosaken kepareng Paduka.7Kawula lajeng munjuk:Lah punika Kawula sowan;

Page 940: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 10.8–16 27

ing salebeting kitab gulungan wontenseratanipun

bab Kawula supados nglampahi karsaPaduka,

dhuh Gusti Allah Kawula.”8Sakawit Panjenengane matur: “Kurbansaha pisungsung, kurban obaran sahakurban pambirating dosa sami boten Padukakarsakaken sarta boten ndadosaken keparengPaduka.” -- sanadyan kapisungsungakenmanut angger-anggering Toret --. 9Nuli maturmangkene: “Lah punika, Kawula sowan,badhe nglampahi karsa Paduka.” Sing wiwitankasuwak dening Panjenengane, supaya kangkapindho bisa tumindak. 10 Iya marga karsaneiki, kita wus disucekake sapisan kanggosalawas-lawase srana kurban sarirane GustiYesus Kristus.11Sabanjure saben imam ing sadina-dina

ngimami sarta ambal-ambalan nyaosakekurban kang padha, kang babar pisan ora bisambirat dosa. 12Nanging Panjenengane, sawusemisungsungake kurban siji bae marga sakadosa, banjur lenggah ana ing tengene GustiAllah salawas-lawase, 13 sarta ing samengkoPanjenengane mung ngantos-antos, ngantitumeka mungsuh-mungsuhe arep kadadekakeancik-anciking sampeyane. 14Sabab sranakurban siji bae Panjenengane wus damelsampurnane para kang kasucekake ingsalawas-lawase. 15Lan bab iku Sang Roh Suciuga maringi paseksen marang kita, 16 sababsawuse Panjenengane ngandika:

Page 941: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 10.17–24 28

“Iki prajanjian kang bakal Sunanakake karowong-wong iku, sawuse wektu iku,”Panjenengane banjur ngandika maneh:

“Ingsun bakal maringi angger-anggeringSunana ing atine, sarta Sunserat ana ingbudine,

17 sarta Ingsun ora ngenget-enget manehmarang sakehing dosa lan panerake.”

18Dadi manawa iku kabeh wus kaapura, oraprelu ana kurban maneh kang kudu kasaosakemarga saka dosa.

Kaantepan

10:19-3919Kang iku para sadulur, srana rahe Gusti

Yesus ing samengko kita bisa lumebu ingpapan pasucen kanthi kebak ing kakendelan,20amarga Panjenengane wus ngwengani kitadalan kang anyar sarta urip metu ing gubah,yaiku sarirane piyambak, 21 lan kita duweImam Agung kang ngepalani padalemaneGusti Allah. 22Mulane payo padha sowaning ngarsane Gusti Allah kanthi ati kangtemen lan eklas sarta kalawan kayakinaning pracaya kang kukuh, amarga ati kitawus karesikan saka rumasaning ati kang alalan badan kiat wus kaedusan kanthi banyukang resik. 23Dikukuh anggon kita padhangandhemi sahadating pangarep-arep, jalaranPanjenengane, kang mrasetyakake iku tuhusetya. 24Sarta mara padha engon-ingengon,supaya padha atag-ingatag ing katresnan

Page 942: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 10.25–33 29

lan ing panggawe utama. 25Kita aja ngedohipakumpulan-pakumpulan pangibadah kita,kaya pakulinane sawenehing wong, anangingpayo padha eling-ingelingake, sarta ngarepakedinaning Gusti kang saya cedhak iki disayamempeng anggon kita tumindak ing gawe.26 Jalaran manawa sawise tampa kawruh ing

bab kayekten kita njarag gawe dosa, mesthiora ana kurban maneh kanggo mbirat dosaiku. 27Ananging kang ana yaiku pangantimarang paukuman kang nggegirisi sartageni kang mulad-mulad kang bakal ngobongsakehing wong kang duraka. 28Manawa anawong nampik angger-anggere Nabi Musa,iku kaukum pati tanpa palimirma kanthipaseksene wong loro utawa telu. 29Mendahsaya abote paukuman kang kudu kasanggadening wong kang ngidak-idak Putraning Allah,sarta kang nganggep najis marang rahingprajanjian kang nucekake, tuwin ngremehakeRohing sih-rahmat. 30 Jalaran kita sumurupmarang Panjenengane kang ngandika:“Piwales iku wewenangingSun. Iya Ingsun

kang bakal males.”Sarta maneh:“Pangeran bakal ngadili umate.”

31Nggegirisi banget, manawa tumiba ingastane Gusti Allah kang asipat gesang.32Padha elinga marang mangsa kang wis

kapungkur. Sawuse kowe tampa pepadhang,kowe kerep padha nandhang sangsara akehamarga kowe betah nglakoni perjuangankang abot, 33 iya nalika kowe padha kagawe

Page 943: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 10.34–11.2 30

tontonan anggonmu diwewada sarta dianiaya,iya nalika nglabuhi marang wong kang padhadigawe kaya mangkono mau. 34Kowe pancenpadha mbelani nandhang sangsara marangwong kang padha dikunjara sarta nalikabarang darbekmu dirampog, kowe narimakanthi bungah, amarga kowe padha sumurup,manawa kowe nduweni bandha kang luwihbecik sarta kang asipat langgeng. 35Kangiku aja padha mbuwang pracayamu, amargabakal gedhe ganjarane. 36Sabab kowe butuhsabar mantep, supaya sawuse kowe nglakonikarsane Gusti Allah, padha oleha apa kang wiskaprasetyakake.37 “Amarga ora antara lawas, malah mung

kurang sadhela bae,Panjenengane bakal rawuh, wus bakal ana,

ora nyumenekake rawuhe.38Nanging wong kagunganingSun kang

bener iku uripe marga saka pracaya.Dene manawa mundur, Ingsun bakal

ngemohi wong iku.”39Balik mungguh kita iki dudu panunggalanewong-wong kang mundur sarta nemahikarusakan, nanging kang padha pracaya lankang kapitulungan nyawane.

Para seksine pracaya

11:1-40

111Pracaya iku dhasaring samubarangkang kita arep-arep sarta cihnaning

samubarang kang ora katon. 2Awit iya

Page 944: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 11.3–7 31

marga saka pracaya iku para leluhur kita wuskaparingan paseksen.3Marga saka pracaya kita sumurup, manawa

alam jembar iki wus katitahake deningsabdane Gusti Allah, temahan samubarangkang kita deleng iku wus tumitah saka kangora bisa kita deleng.4Marga saka pracaya Habel wus nyaosake

kurban marang Gusti Allah kang luwih becikkatimbang kurbane Kain. Marga saka ikubanjur kaseksenan manawa wong bener,amarga pisungsunge ndadekake keparengeGusti Allah sarta jalaran saka pracaya isih bisangucap sawise mati.5Marga saka pracaya Henokh kapulung,

supaya ora ngalami mati, sarta ora ketemu,jalaran wus kapulung dening Gusti Allah.Awit sadurunge kapulung, wus kaseksenanmanawa ndadekake keparenging Allah.6Nanging manawa tanpa pracaya mokal yenndadekake keparenging Allah. Jalaran singsapa sowan marang ngarsane Gusti Allahiku kudu pracaya manawa Gusti Allah ikuana, sarta maringi ganjaran marang wongkang padha temen-temen ngupaya marangPanjenengane.7Marga saka pracaya Rama Nuh -- kalawan

pitedahing Allah bab prakara kang durungkauningan -- kanthi setya damel prau kanggonylametake kulawargane; lan marga sakapracaya iku panjenengane ngadili jagad lankapesthekake tampi kabeneran, laras kalawanpracayane.

Page 945: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 11.8–15 328Marga saka pracaya Rama Abraham

mbangun-turut, nalika katimbalan supayabidhal menyang ing panggonan kang bakalditampeni dadi pusakane, banjur bidhalmangka ora mirsa ing ngendi papan kangbakal kajujug. 9Marga saka pracaya ikupanjenengane manggen ing tanah kangkaprasetyakake kaya-kaya ana ing tanahngamanca sarta ana ing kono panjenenganededalem ana ing tarub karo Iskak lanYakub, kang padha ndherek dadi ahli warisetunggal prasetya iku. 10 Jalaran panjenenganengantos-antos kutha kang atetales, kangkarancang sarta kayasa dening Gusti Allah.11Marga saka pracaya, dalah Ibu Sara

kaparingan kakiyatan nedhakake putra-wayah,sanadyan wus lungse ing yuswa; amargangugemi manawa kang maringi prasetya ikusetya. 12 Iya iku jalarane, dene saka wong siji,tur prasasat wong kang wus mati, sumebartedhak turune, kaya lintang ing langit sartakaya wedhi ing pinggir sagara kang tanpawilangan cacahe.13 Iku mau kabeh sedane sajroning

pracaya, durung nganti nampani apa kangkaprasetyakake, mung mirsani saka kadohanlan ngawe-awe saka kadohan, sarta padhangaken manawa dadi wong manca sarta wongneneka ana ing bumi iki. 14 Jalaran wong kangngucap mangkono iku nelakake, manawapadha kapengin ngupaya tanah wutah rah.15Mangka saupama padha ngengetana ingtanah wutah rah kang wus tinilar, padha

Page 946: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 11.16–23 33

kagungan wektu kang omber kanggo kondur.16Nanging saiki padha kapengin marang tanahwutah rah kang luwih becik, yaiku tanah wutahrah kaswargan. Mulane Gusti Allah ora lingsemsinebut Gusti Allahe, marga Panjenenganewus nyadhiyani kutha.17Marga saka pracaya Rama Abraham nalika

kacoba, ngurbanake Iskak. Panjenengane,kang wus kaparingan prasetya, lila ngurbanakeputrane ontang-anting, 18 sanadyan marangpanjenengane wus kapangandikakake: “Trahkang saka Iskak iku kang bakal kasebutturunira.” 19 Jalaran panjenengane manggalih,manawa Gusti Allah kuwaos nangekake wong,sanadyan saka ing antarane wong mati. Sartaprasasat saka ing kono anggone nampeniwangsul putrane.20Marga saka pracaya Rama Iskak anggone

mberkahi marang Yakub sarta Esau kanthimirsani kang bakal kalakon.21Marga saka pracaya Rama Yakub, nalika

ndungkap bakal sedane, mberkahi putraneSang Yusuf sakarone, banjur sujud kanthitumungkul in bongkoting lantarane.22Marga saka pracaya Sang Adipati Yusuf

nalika ndungkap ing sedane martakake babbakal budhale Banisrael sarta paring piwelingbab layone.23Marga saka pracaya Nabi Musa, sawiyose,

diumpetake dening rama-ibune lawase telungsasi, amarga padha nguni-ngani, manawabayi iku bagus rupane sarta ora wedi marangprentahe Sang Prabu.

Page 947: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 11.24–32 3424Marga saka pracaya Nabi Musa nalika

wus diwasa ora karsa sinebut putrane SangPrabu Pringon, 25 jalaran panjenengane milaurnandhang sangsara karo umate Gusti Allah,katimbang karo ngraosake kamuktening dosasawatara mangsa 26 sarta nganggep, manawakaremehake amarga saka Sang Kristus ikukasugihan kang luwih gedhe tinimbang karosakehing rajabranane tanah Mesir, awit kangditenga iku kanugrahan.27Marga saka pracaya mulane banjur nilar

tanah Mesir, ora ajrih marang dukane SangPrabu, awit tansah mantep mbetahakeprasasat mirsani apa kang ora katon.28Marga saka pracaya panjenengane mranata

Paskah sarta pangepyuring getih, supayaanak-anak pambarep aja nganti kagepokdening kang nenumpes.29Marga saka pracaya wong-wong iku padha

ngliwati Sagara Abang kaya lumaku ingdharatan, mangka wong-wong Mesir padhaklelep, nalika padha nyoba mangkono uga.30Marga saka pracaya baluwartine kutha

Yerikho padha jugrug, sawise diubengi pitungdina lawase.31Marga saka pracaya Rakhab, wong wadon

tuna-susila, ora katut katumpes bareng karowong-wong duraka, amarga wus nampanipara telik iku kalawan becik.32Sarta apa maneh sing kudu

dakpratelakake? Jalaran aku bakal kakuranganwektu, manawa aku arep nyritakake babHakim Gidheon, Barak, Simson, Yefta, Sang

Page 948: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 11.33–40 35

Prabu Dawud lan Nabi Samuel sarta para nabi,33kang marga saka pracaya wus nelukakenagara-nagara, nindakake pangadilan,nampani apa kang wis kaprasetyakake,mbungkem cangkeme singa-singa, 34nyirepgeni kang mulad-mulad. Wong iku padhaoncat saka landhepe pedhang, wus tampakakuwatan sajrone nandhang apes, wus padhadadi santosa ing sajroning paprangan sartawus ngundurake wadyabalaning mungsuh.35Para ibu nampani maneh wong-wonge singwis mati, jalaran padha ditangekake. Nangingwong-wong liyane padha milaur dipilara sartaora gelem diluwari, supaya padha tampapatangen kang luwih becik. 36Ana maneh kangdipoyoki sarta disapu, malah ana kang dibandasarta dikunjara. 37Padha dibenturi watu,digraji, dipateni kalawan pedhang; wong-wongiku padha nglembara kalawan manganggolulang wedhus gembel lan lulang wedhusjawa, padha kacingkrangan, disangsara sartadikaniaya. 38Donya iki ora pantes tumrapwong-wong iku. Padha nglambrang ana ingpasamunan sarta ing pagunungan, sajroningguwa-guwa sarta ing luweng-luwenging bumi.39Sarta wong iku kabeh padha ora tampaapa kang kaprasetyakake iku, sanadyanpracayane wus aweh paseksen kang beciktumrap wong-wong iku. 40 Jalaran Gusti Allahwus nyadhiyani kang luwih becik tumrap kita;tanpa kita wong-wong iku ora bisa tumeka ingkasampurnan.

Page 949: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 12.1–6 36

Pitutur supaya mantep ing pracaya

12:1-17

121Sarehne kita duwe seksi akeh banget,kayadene mega kang ngupengi kita,

mulane payo padha mbuwang sakabehingmomotan sarta dosa kang tansah ngganggu-gawe kita, sarta kalawan mantep padhalumayu ing pabalapan kang kawajibakemarang kita. 2Payo padha kita lakoni kanthimandeng marang Gusti Yesus, kang nuntunkita ing sajroning pracaya sarta kang ngastapracaya kita marang kasampurnan, kang orangetang kanisthan manggul salib kalayanmantep, sulihing kabungahan kang kacawisakekagem Panjenengane kang samengko lenggahana ing tengening dhampare Gusti Allah.3Padha tansah elinga marang Panjenenganekang mantep anggone nahanake pambantahepara wong dosa kang nganti samono ikumarang Panjenengane, supaya kowe ajanganti padha lesu sarta semplah. 4Anggonmuperang nanggulangi dosa iku durung ngantipadha ngwutahake getih. 5Sarta apa kowe wuspadha lali marang pitutur kang kadhawuhakemarang kowe kaya marang para putra:“He anakku, aja nyepelekake

panggulawenthahe Gusti Allah,sarta aja padha nglokro manawa kowe

dielingake;6amarga Gusti Allah matrapi marang kang

ditresnani,

Page 950: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 12.7–15 37

sarta nggebagi kang kaanggep putra.”7Manawa kowe padha ngalami dipatrapi, dadikowe karengkuh putrane Gusti Allah. Endita ana anak kang ora tau dipatrapi deningbapakne? 8Nanging manawa kowe ora taudipatrapi, kang kudu kasandhang ing sabenwong, dadi kowe dudu putra, nanging anakjadah. 9Sabanjure; saka bapa kita kangsabenere, kita wus kapatrapan, mangka ikupadha kita eringi, mendahane maneh manawakita oraa kudu sumuyud marang Ramanesakabehing roh, supaya kita kepareng urip?10Bapa kita matrapi kita mung sawataramangsa miturut apa bae kang kaanggep becik,nanging Panjenengane anggone matrapi kitaiku murih becike, supaya kita kapandumankasucene. 11Sarupaning patrapan ikusamangsa lagi kaparingake pancen orambungahake, malah nyedhihake. Nangingsateruse banjur metokake wohing kayektenkang njalari tentrem marang wong-wong kangwis padha kalantehake ing bab iku.12Mulane kencengna tangan kang lemes

sarta dhengkul kang keklok; 13 sarta jejegnalakune sikilmu, supaya kang pincang ajanganti kongsul, nanging dadi waras.14Padha ngudia rukun karo sakabehing

wong, sarta ngaraha marang kasucen; jalarantanpa kasucen siji bae ora ana kang bakalndeleng Gusti Allah. 15Padha diawas aja ngantiana sing ngoncati sih-rahmate Gusti Allah,supaya aja nganti ana oyod pait kang thukul,kang nuwuhake rerusuh sarta kang njemberi

Page 951: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 12.16–23 38

wong akeh. 16Aja ana kang laku jina utawakang nduweni pepenginan kang asor kayaEsau, kang ngedol wewenange dadi pambarepdiurupake pangan sapiring. 17 Jalaran kowepadha sumurup, manawa sawuse mangkono,nalika arep nampani berkah, ditampik,sabab ora oleh wewengan kanggo ndandanikaluputane, sanadyan anggone ngupayakanthi mbrebes mili.

Tanggung jawab kang abot

12:18-2918Amarga kowe ora padha marani gunung

kang bisa kagepok sarta geni kang mulad-mulad, tuwin pepeteng alimengan lanlesus, 19unine kalasangka apadene uniningswara, kang ndadekake para kang krungunganti padha nyuwun, supaya aja ngantidipangandikani maneh, 20awit padha orabetah ngrungokake dhawuh iki: “Dalahkewan manawa ana kang nggepok maranggununge, iku kudu dibenturi watu.” 21Sartatetingalan iku nggegirisi banget, nganti NabiMusa ngandika: “Aku giris lan gumeter.”22Nanging kowe wis padha cedhak karogunung Sion, karo kuthane Gusti Allah kangasipat gesang, Yerusalem kaswargan sartakaro golonganing malaekat maewu-ewu,sawijining kumpulan kang rame nyenengake,23 sarta karo pasamuwane para pambarep,kang jenenge wus padha katulisan ana ingswarga, sarta karo Gusti Allah, kang ngadili

Page 952: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 12.24–29 39

sakabehing wong, sarta maneh karo rohepara wong mursid kang kasampurnakake,24 sarta karo Gusti Yesus, Pantawise prajanjiankang anyar, lan karo rah pangepyuran kangwicarane luwih cetha tinimbang karo getiheHabel.25Dipadha prayitna, supaya aja padha nampik

marang Panjenengane, kang medharakepangandika. Jalaran manawa wong-wongkang nampik marang Panjenengane kangnglairake pangandikane Gusti Allah ana ingbumi iku, ora bisa oncat, apamaneh kita,manawa kita nyingkur marang Panjenengane,kang ngandika saka ing swarga. 26 Ing nalikasamana swarane nggonjingake bumi, nangingsamengko Panjenengane maringi prasetya:“Ingsun bakal ngoregake sapisan engkasora ngemungake bumi bae, malah langituga.” 27Tetembungan “sapisan engkas” ikunuduhake owah-owahane samubarang kangbisa digonjingake, kaya apa kang katitahake,supaya tetepa samubarang kang ora bisagonjing. 28Kang iku, sarehne kita padhanampani nagara kang ora bisa gonjing, payopadha ngaturake panuwun lan padha ngabektimarang Gusti Allah, miturut cara kangkakarsakake, kanthi hurmat lan wedi-asih.29Sabab Gusti Allah iya asipat geni kang gawegosong.

Page 953: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 13.1–9 40

Pitutur sarta pandonga rahayu

13:1-25

131Rumatana katresnaning pasaduluran!2Kowe aja padha lali aweh

pamondhokan marang wong, jalaransaka mangkono iku ana sawenehing wongsing padha ora sumurup manawa wus ngaturipasugatan marang para malaekat. 3Padhaelinga marang para pasakitan, jalaran kowedhewe uga pasakitan. Sarta padha elingamarang wong kang padha kinaniaya, amargakowe dhewe iya isih urip ana ing donya iki.4Nikah iku ajenana sarta aja njemberakepaturon, sabab wong kang padha laku jina lanbandrek iku bakal dipatrapi dening Gusti Allah.5Kowe aja padha karem bandha sarta padhamarema ing saanane. Awit Gusti Allah wusngandika: “Ingsun ora bakal negakake sira lansira ora pisan-pisan bakal Suntilar.”6Marga saka iku kanthi yakin kita bisa

ngucap:“Gusti Allah kang mitulungi aku.Aku bakal ora wedi.Manungsa bisa manggawe apa marang aku?”

7Padha elinga marang para pangiridmu, kangwis nggelarake pangandikane Gusti Allahmarang kowe. Padha mawanga wekasaningsugenge arta padha nulada ing pracayane.8Gusti Yesus Kristus iku dhek wingi apadeneing dina iki sarta ing salawas-lawase tetep oraewah gingsir. 9Kowe aja padha nganti kena

Page 954: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 13.10–17 41

diblasukake dening piwulang warna-warnaliyane. Amarga sing becik iya iku manawaatimu kasantosakake kalawan sih-rahmat,sarta ora kalawan pangan warna-warnakang ora maedahi marang wong kang padhanuruti marang aturaning pangan kang kayamangkono iku. 10Kita padha duwe misbyah,sarta wong-wong kang padha ngladeni tarubiku ora kena mangan apa kang saka ingmisbyah iku. 11 Jalaran mungguh kewan-kewankang getihe kagawa lumebu marang ingpasucen dening Imam Agung minangkapambirating dosa, iku padha kaobong ana ingsajabane pamandhahan. 12 Iya iku sababedene Gusti Yesus wus nandhang sangsaraana ing sajabaning saketheng prelu nucekakeumat kagungane srana rahe piyambak. 13Awitsaka iku, lah payo padha sowan Panjenenganeana ing sajabane pakuwon sarta nglabuhikanisthane. 14Amarga ana ing kene kita padhaora duwe papan padunungan kang tetep; kitapadha ngupaya kutha kang bakal ana. 15Kangiku payo kita padha tansah saos kurbanpamuji sokur marang Gusti Allah lumantarPanjenengane, iya iku kang arupa wohinglambe kang ngluhurake asmane. 16Sarta ajalali nindakake kabecikan lan aweh pitulungan,jalaran iya kurban-kurban kang mangkono ikukang ndadekake keparenge Gusti Allah.17Padha mbangun-turuta sarta sumuyuda

marang para pangiridmu, awit iku kang padharumeksa marang nyawamu, sarta kang padhakudu ngunjukake tanggung-jawab. Kanthi

Page 955: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 13.18–24 42

patrap mangkono iku bakal padha nglakonikalawan rena, ora kalawan ngesah, awit ikuora bakal maedahi tumrap kowe.18Aku padha tansah dongakna, jalaran aku

padha mesthekake, manawa aku padha duwerumangsaning ati kang becik, amarga akupadha ngarah supaya satindak-tandukkubisaa utama. 19Luwih maneh pituturkumarang kowe, supaya kowe padha nindakakemangkono iku supaya aku enggal-enggalakabalekake marang kowe.20Dene Gusti Allahing tentrem-rahayu kang

kanthi rahing prasetyan kang langgeng wusngentasake saka ing antarane wong mati.Pangene sakabehing wedhus kang pinunjul,iya iku Gusti Yesus, Gusti kita, 21muga-mugamirantenana kowe kalawan samubarangkabeh kang becik kanggo nindakake karsane,sarta nindakake ana ing antara kita apasakeparenge, dening Gusti Yesus Kristus.Panjenengane iku kang sayogya kamulyakakenganti salawas-lawase! Amin.22Sarta kowe padha dakpituturi, para

sadulur, tembung-tembung pepeling ikipadha tampanana kalawan eklasing ati,sanadyan layangku marang kowe iki cekak.23Wruhanamu, manawa sadulur Timoteus, iyasadulur kita, wus mangkat. Samasa iku wusteka, aku arep enggal niliki kowe kabeh barengdheweke. 24Salam pandongaku tumekaamarang sakabehe pangiridmu sarta marangpara suci kabeh. Tampanana salame parasadulur ing Italia.

Page 956: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

IBRANI 13.25 4325Sih-rahmat nunggila ing kowe kabeh.

Page 957: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YAKOBUS

Salam

1:1

11Salam saka Yakobus, abdine Gusti Allahsarta Gusti Yesus Kristus, marang taler

rolas kang padha ana ing tanah manca.

Pracaya lan kawicaksanan

1:2-82He, para sadulurku, anggepen sawijining

kamulyan, manawa kowe padha katamaning panyoba warna-warna, 3 jalaran kowepadha sumurup, manawa pandadaran tumrappracaya iku nuwuhake sabar mantep. 4Sartasabar mantep iku kareben metokake wohkang sampurna, supaya kowe dadi sampurnalan mulus, sarta ora kekurangan sawiji apa.5Dene manawa panunggalanmu ana kangkekurangan kawicaksanan, iku nyuwunamarang Gusti Allah, kang maringi marangsakabehing wong kanthi eklas, ora kanthingundhat-undhat, sarta bab iku bakalkaparingake marang dheweke. 6Mung baepanyuwune iku kang kanthi pracaya sarta ajanganggo mangu-mangu, jalaran wong kangmangu-mangu iku padha bae karo ombakingsagara, kang katempuh ing angin mawalikan

Page 958: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YAKOBUS 1.7–14 2

mrana-mrene. 7Wong kang mangkono iku ajaduwe pangira, manawa bakal oleh apa-apasaka Pangeran. 8 Jalaran wong kang atinemangro, ora bakal tentrem uripe.

Kaanan asor lan sugih

1:9-119Sadulur kang asor iku nggunggunga ing

bab kaluhurane, 10 sarta kang sugih ikunggunggunga ing bab kaasorane, jalaranbakal sirna kaya kembanging suket. 11 Jalaransrengenge sawise mlethek kanthi panasekang sumelet, banjur nggaringake suket iku,temahan gogrog kembange, ilang kaendahane.Mangkono uga wong sugih iya bakal sirna ingsajrone pambudi-dayane.

Pandadaran sarta panyoba

1:12-1812Rahayu wong kang tanggon sajrone

kena ing panyoba, jalaran manawa wiskatitik tanggon, bakal nampani makuthaningkauripan, kang wis kaprasetyakake deningGusti Allah marang wong kang padha tresnaing Panjenengane. 13Manawa ana wong kangkena ing panggodha aja ngucap mangkene:“Aku digodha dening Allah.” Jalaran GustiAllah ora bisa digodha dening piala, sartaGusti Allah ora nggodha marang wong.14Nanging saben wong digodha deningpepenginane dhewe, jalaran disered sarta

Page 959: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YAKOBUS 1.15–22 3

dibujuk dening pepenginane dhewe. 15Sartamanawa pepenginan iku wus ngandhut,mbanjur manak dosa, sarta manawa dosa ikuwus mateng bakal nglairake pati.16He, para sadulur kang daktresnani, aja

padha kesasar! 17Angger peparing kang beciksarta ganjaran kang sampurna iku saka ingluhur, tumurun saka ing Ramane sakehingpepadhang, kang ora owah gingsir utawa oraana empering pamalike. 18Marga saka karsanepiyambak Panjenengane wus mbabarake kitasrana pangandikaning kayekten, supaya kitapadha ana ing tataran kang gumathok, yaikudadi putra pambarep ing antarane para titahekabeh.

Kang ngrungokake utawa kang mbangunturut marang ing pangandika

1:19-2719He para sadulur kang daktresnani, elinga

marang bab iki: saben wong dienggal manawangrungokake, nanging disareh manawacalathu, mangkono uga ditamban manawanepsu; 20 jalaran nepsune manungsa iku orandadekake kang bener ana ing ngarsane Allah.21Mulane padha biraten sarupaning reregedsarta piala kang kaliwat akeh lan tampananakanthi legawaning ati pangandika kangkatandur ing atimu, kang bisa nylametakenyawamu.22Nanging padha nglakonana ing pangandika,

aja mung ngrungokake bae, jalaran manawa

Page 960: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YAKOBUS 1.23–2.2 4

ora mangkono kowe ngapusi awakmu dhewe.23Sabab manawa wong mung ngrungokakepangandika bae, mangka ora nganggodilakoni, iku kayadene wong kang laginamatake raine dhewe kang sanyata ana ingpangilon. 24Sawise ndeleng awake dhewe,salungane tumuli wis lali kaya apa rupane.25Nanging sing sapa nliti angger-anggerkang sampurna yaiku angger-angger kangmardikakake manungsa, sarta nganggodiantepi, dadi ora mung ngrungokake banjurlali, nanging nglakoni temenan, iku bakalrahayu marga saka panggawene dhewe mau.26Saupama ana wong kang rumangsa

ngibadah, mangka ora mekak ilate, ikungapusi awake dhewe, lan pangibadahe tanpaguna. 27Pangibadah kang murni sarta tanpacacad ana ing ngarsaning Allah, Rama kita,yaiku niliki bocah lola sarta para randhasajroning kasusahane lan njaga supaya awakedhewe aja nganti kena ing jejembering donya.

Aja mawang wong

2:1-13

21He para sadulurku, sarehne kowe kabehiku wong kang pracaya marang Gusti

Yesus Kristus, Gusti kita kang Mahamulya,anggonmu ngetrapake pracayamu aja nganggomawang wong. 2 Jalaran saupama ana wongkang lumebu ing kumpulanmu nganggoali-ali mas, manganggo sarwa mompyorsarta uga ana wong miskin kang lumebu

Page 961: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YAKOBUS 2.3–11 5

manganggo sarwa ala, 3nuli kowe padhangajeni marang kang manganggo mompyormau lan koktuturi mangkene, “Panjenengankula aturi lenggah ing panggenan ingkangsae punika!”, mangka kang miskin kokpituturimangkene, “Sampeyan ngadeg ngriku!”utawa: “Sampeyan linggih ing ngandhap ngrikicelak ancik-ancik kula!”, 4apa kowe ora wispadha mbedak-mbedakake sajroning atimusarta tumindak dadi jeksa kang ala pikirane?5Rungokna ta, sadulur-sadulurku kang

daktresnani, Gusti Allah apa ora wus milihwong miskin ing donya iki, supaya padha dadiasugih ing sajroning pracaya sarta padha dadiahli-warise Kraton, kang wis diprasetyakakemarang kang padha nresnani Panjenengane?6Nanging kowe iku padha ngremehake marangwong miskin. Malah apa ora wong sugih kangpadha nganiaya kowe sarta nyered kowemarang ngarsane pangadilan? 7Apa dudu ikukang padha nyenyamah Asma kang mulya,kang njalari kowe padha dadi kagungane GustiAllah 8Nanging, manawa kowe netepi angger-angger kang utama kang katulis ing KitabSuci: “Sira tresnaa ing sapepadhanira dikayamarang awakira dhewe,” dadi sira tumindakbecik. 9Nanging manawa kowe padha mawangwong, kowe nglakoni dosa sarta margasaka angger-angger iku, banjur nyata yenkowe nglakoni panerak. 10 Jalaran sing sapanetepi sakehing angger-angger iku, mangkanglirwakake saprakara, dheweke iku kaluputanmarang sakabehe. 11 Jalaran Panjenengane

Page 962: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YAKOBUS 2.12–18 6

kang ngandika: “Sira aja laku bedhang,” ikuuga ngandika: “Sira aja memateni.” Dadisanadyan kowe ora laku bedhang, nanginggawe pepati, iku kowe uga dadi wong kangnerak ing angger-angger. 12Calathua sartatumindaka kaya wong kang bakal padhadiadili miturut angger-anggering kamardikan.13Awitdene tumindake pangadilan iku bakaltanpa welas ing ngatase wong kang oranglakoni kawelasan. Nanging kawelasan ikubakal unggul lawan pangadilan.

Pracaya tanpa panggawe iku sajatine mati

2:14-2614He para sadulurku, paedahe apa, manawa

ana wong ngaku nduweni pracaya, mangkaora ana panggawene? 15Saupama ana sadulurlanang utawa wadon kang kacingkranganing bab sandhang lan pangane ing sabendinane, 16nuli ana panunggalanmu kangnuturi mangkene: “Wis mangkata, daksangonislamet, nganggoa sandhangan kang angetsarta mangana sing wareg.” Nanging oramenehi kang dadi kabutuhane badane, ikupaedahe apa? 17Mangkono uga tumrappracaya: Manawa pracaya iku ora dikanthenipanggawe, iku sajatine mati.18Nanging bisa uga ana kang muni

mangkene: “Kowe iku kang nduweni pracaya,aku iki nduweni panggawe.” Aku bakalmangsuli: “Mara tuduhana pracayamu kangtanpa panggawe iku, sarta kowe bakal

Page 963: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YAKOBUS 2.19–26 7

daktuduhi pracayaku saka panggawe-panggaweku.” 19Kowe pracaya, manawamung ana Gusti Allah siji? Iku becik. Nangingsetan uga pracaya ing bab iku, banjurpadha gumeter. 20He, wong bodho, apakowe saiki gelem ngakoni, manawa pracayatanpa panggawe iku pracaya kang kothong.21Leluhur kita Rama Abraham iku apa oraawit saka panggawe-panggawene anggonekabenerake, nalika nyaosake kang putraIskak ana ing misbyah? 22Kowe padhasumurup, manawa pracaya iku tumindakbebarengan karo panggawe, sarta margasaka panggawe iku pracaya dadi sampurna.23Temah kayektenan nas kang surasanemangkene: “Anadene Rama Abraham pracayamarang Gusti Allah, mangka iya iku kangkaetung dadi kasampurnane.” Amarga sakaiku Rama Abraham kasebut: “Mitrane GustiAllah.” 24Dadi kowe padha sumurup, manawamanungsa anggone kabenerake iku jalaransaka panggawe, ora mung saka pracayabae. 25Mangkono uga Rakhab, si sundel iku,apa ora awit saka panggawene anggonekabenerake, nalika ndhelikake para utusaning omahe, banjur nulungi lolose metu ingdalan liya? 26 Jalaran kayadene badan tanpasukma iku mati, mangkono uga pracaya tanpapanggawe iku iya mati.

Page 964: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YAKOBUS 3.1–7 8

Dosaning ilat

3:1-12

31He para sadulurku, panunggalanmu ajaakeh kang padha dadi guru, jalaran kita

padha sumurup, manawa kita dadi guru, bakalpadha diadili kalawan ukuran kang luwih abot.2Amarga kita kabeh padha kaluputan ingprakara akeh, sing sapa ora kaluputan ingtetembungane, iku wong sampurna, wis bisangereh marang saranduning badane kabeh.3Lah ta jaran iku padha kita etrapi kendhali ingcangkeme, satemah manut marang kita, kitabisa ngendhaleni badane kabeh. 4Lan manehcoba pikiren bae, prau-prau kapal sanadyangedhe banget sarta disurung ing angin kangbanter, ewasamono kena kainger-ingerakesarana kemudhi kang cilik banget, manut ingsakarepe jurumudhine. 5Mangkono uga ilat,sanadyan dadi perangane badan kang cilik,ewadene bisa ngumukake prakara-prakarakang gedhe.Lah, geni iku sanadyan mung sapelik bisa

ngobong alas kang gedhe. 6 Ilat iku iya geni,prasasat jagading kadurakan sarta dunungeana ing antarane peranganing badan kita, dadisawijining perangan kang bisa ngregedi badansakojur sarta bisa ngobong rodhaning uripkita, dene ilat iku dhewe kasaladan deninggeni naraka. 7Mungguh sakabehing buronalas, manuk, sarta kewan rumangkang lankang ana ing sagara, iku kadadekake tutut

Page 965: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YAKOBUS 3.8–17 9

lan wis kalakon didadekake tutut deningmanungsa, 8nanging ora ana wong kangbisa gawe tututing ilat; iku piala kang kayakewan galak, ora kena dikendhaleni sartakebak wisa kang neniwasi. 9Kalawan ilat kitamemuji marang Gusti Allah, Rama kita, sartakalawan ilat kita nyupatani manungsa, kangkatitahake manut citraning Allah, 10 cangkemsiji metokake berkah lan ipat-ipat. Bab iki,para sadulurku ora kena mangkono. 11Apa anasumber kang metokake banyu tawa lan paitsaka tuk siji? 12Para sadulurku, wit anjir apaiya bisa metu wohe jaitun utawa wit anggurmetu wohe anjir? Mangkono uga sumberbanyu asin ora bisa metokake banyu tawa.

Kawicaksanan kang saka ing ngaluhur

3:13-1813Sapa panunggalanmu kang wicaksana

sarta limpad ing budi? Iku nuduhnapanggawene uripe kang utama kalawankawicaksanan, kang tuwuh saka budi sareh.14Manawa sajroning atimu kowe padhanduweni rasa meri sarta mung mikir marangawakmu dhewe, kowe aja padha gumunggungsarta aja goroh nyulayani kayekten! 15 Ikududu kawicaksanan kang tumurun saka ingngaluhur, nanging saka ing donya, saka inghawa-nepsuning manungsa, saka setan-setan.16Sabab ing ngendi ana kameren sarta sipatmung mikir awake dhewe, ing kono anarerusuh sarta sarupane panggawe ala. 17Balik

Page 966: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YAKOBUS 3.18–4.5 10

kawicaksanan kang saka ing ngaluhur, ikukang dhisik dhewe murni, sabanjure dhemenrukun, sumlondhoh, mbangun turut, sugihkawelasan sarta woh-woh kang becik, orailon-ilonen sarta ora lamis. 18Sarta mungguhwohing kayekten iku kasebarake sajrone tatarukun tumrap wong-wong kang olah tatarukun.

Hawa-nepsu sarta watak kadonyan

4:1-10

41Saka ing ngendi tekane kekerengan sartacecongkrahan ing antaramu iku? Apa ora

saka hawa-nepsu kang tansah papranganana ing sajroning badanmu? 2Kowe padhamelik marang sawijining barang, nanging orakalakon, kowe banjur memateni; kowe meri,mangka ora bisa katurutan, kowe banjurpadha padu sarta kerengan. Kowe ora olehapa-apa, amarga padha ora ndedonga. 3Utawakowe uga ndedonga, nanging kowe ora olehapa-apa, amarga anggonmu ndedonga ikukleru, jalaran apa kang koksuwun iku bakalkokentekake kanggo ngumbar hawa-nepsumu.4He wong kang padha ora setya, apa kowepadha ora sumurup, manawa memitran karodonya iku dadi sesatron karo Gusti Allah?Kang iku sing sapa dadi mitrane donya, ikundadekake awake dhewe dadi satrune GustiAllah. 5Aja duwe pangira, manawa Kitab Suciiku tanpa sabab anggone ngandika: “Roh kangwis kadunungake Gusti Allah ana ing kita,

Page 967: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YAKOBUS 4.6–12 11

dikarsakake kanthi butajengan.” 6Nangingsih-rahmat kang diparingake marang kita ikungluwihi iku. Marga saka iku Panjenenganengandika:“Gusti Allah nglawan wong kang

kumalungkung, nanging maringisih-rahmat marang wong kangandhap-asor.”

7Marga saka iku padha nungkula marangAllah. Iblis tanggulangen, temahan bakallumayu nglungani kowe! 8Padha nyedhakanamarang Gusti Allah; Gusti Allah bakal nyelakikowe. Tanganmu padha resikana, he wongdosa, sarta atimu padha eningna, he wongkang duwe ati rangkep. 9Padha rumangsaakesrakat, padha prihatina sarta nangisa;guyumu salinana tangis, sarta kabungahanmusalinana prihatin. 10Esorna badanmu ana ingngarsane Pangeran, sarta Panjenengane bakalngluhurake kowe.

Aja mitenah wong

4:11-1211He para sadulurku, aja padha catur-

cinatur ala! Sing sapa nyatur ala utawangadili sadulure, iku nacad sarta ngadiliangger-angger, sarta manawa kowe ngadiliangger-angger, dadine kowe dudu kangnglakoni angger-angger, nanging dadihakime. 12Mung siji kang nganakakeangger-angger sarta kang jumeneng Hakim,yaiku Panjenengane kang kuwaos nylametake

Page 968: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YAKOBUS 4.13–5.3 12

sarta numpes. Nanging kowe iku sapa, denekok ngadili pepadhamu?

Sajrone ngrancang ajalali marang Gusti Allah

4:13-1713Dadi saikine, heh kowe kang padha duwe

ujar mangkene: “Ing dina iki utawa sesuk akuarep mangkat menyang kutha anu, sarta areplereb ana ing kono setaun lawase, arep lakudagang sarta golek bathi”, 14mangka kowepadha ora sumurup apa kang bakal kalakon ingdina sesuk. Apa ta tegese uripmu iku? Uripmuiku padha karo uwab, katon mung sadhelabanjur sirna. 15Sabenere kowe kudu ngucapmangkene: “Manawa Pangeran marengake,aku bakal kasambungan umur sarta bakalnglakoni mangkene utawa mangkono.”16Nanging saikine sing kokegungake ikuumukmu. Sarupane gumunggung kangkaya mangkono iku luput. 17Dadi sing sapamangreti ing bab panggawe becik, mangkaora nglakoni, iku dadi lan dosane.

Pepeling marang wong sugih

5:1-6

51 Ing saikine, he para wong sugih, nangisasarta sesambata marga saka anane

sangsara kang bakal tumempuh ing kowe!2Kasugihanmu wis bosok sarta sandhanganmupadha kamangsa ing renget. 3Mas sarta

Page 969: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YAKOBUS 5.4–11 13

salakamu kapangan ing timbrah lan timbrahebakal dadi paseksen tumrap ing kowe kabeh,sarta bakal memangsa dagingmu kayadenegeni. Kowe wus numpuk bandha ing dina-dinawekasan iki. 4Sajatine wus kaprungupanguwuh-uwuh, amarga opahing buruhkang wis padha ngeneni pametuning tegalmukoktahan, pangresulane wong kang padhaderep wis kapireng ing talingane Pangeraningsakabehe tumitah. 5Ana ing bumi iki kowe wusurip mukti sarta seneng-seneng. Kowe wuspadha nyeneng-nyenengake atimu, kaya ingdina pasembelehan. 6Wong bener kokukummalah kokpateni, lan ora bisa nglawan marangkowe.

Sabar sajroning nandhang sangsara

5:7-117Kang iku para sadulur, padha disabar nganti

tumeka rawuhe Gusti! Sajatine wong tani ikunganti-anti marang pametuning bumine kangadi sarta disrantekake, nganti tekane udan ingmangsa rontog lan ing mangsa semi. 8Koweuga padha disabar, atimu padha santosakna,amarga rawuhe Gusti wis cedhak! 9He parasadulur, kowe aja padha nggresah lan dakwa-dinakwa, supaya kowe aja nganti diadili.Sajatine Sang Hakim wis jumeneng ing ngareplawang. 10He para sadulur, padha nuladapanandhange sangsara sarta kasabarane paranabi, kang wis padha medharake pangandikaatas asmane Pangeran. 11Sajatine kita padha

Page 970: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YAKOBUS 5.12–17 14

ngarani rahayu wong kang padha sabarmantep iku; kowe wus padha krungu babsabar mantepe Rama Ayub, sarta wis padhasumurup apa kang ing wekasane kacawisakedening Pangeran kagem panjenengane,amarga Pangeran iku gedhe sih-palimirmanesarta welasan.

Supata lan pandonga

5:12-2012Nanging para sadulur, kang dhisik poma aja

supata; dadia demi swarga dadia demi bumiutawa sadhengaha supata liyane. Manawa iya,kandhaa iya, yen ora, kandhaa ora, supayakowe ora kena ing paukuman.13Manawa ana panunggalanmu kang

nandhang sangsara, iku ndedongaa! Manawaana kang seneng atine, iku ngidunga!14Manawa ana panunggalanmu kang lara,luwih becik iku ngaturi para pinituwanepasamuwan, supaya padha ndongakakedheweke sarta ngusapi lenga atas asmaneGusti. 15Sarta pandonga kang metu sakapracaya iku bakal nylametake kang laraiku, lan bakal ditangekake dening Gusti;sarta manawa wong iku wis nglakoni dosa,dosane iku bakal diapura. 16Kang iku padhaakon-ingakonana dosamu sarta padha donga-dinongakna supaya kowe padha waluya.Pandongane wong mursid, kang kaaturakekalawan kayakinan iku gedhe banget dayane.17Nabi Elia iku manungsa lumrah kaya kita,

Page 971: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YAKOBUS 5.18–20 15

sarta panjenengane wis ngunjukake pandongakalawan temen-temen, supaya aja ana udan,sarta ing bumi iya ora ana udan nganti telungtaun nem sasi. 18Nuli ndedonga maneh sartalangit banjur nurunake udan lan bumi banjurmetokake woh.19He para sadulur, manawa panunggalanmu

ana kang nyimpang saka ing kayektensarta ana wong kang njalari mratobate,20 sumurupa, sapa kang mbalekake wong dosasaka lakune kang nasar, iku bakal ngentasakenyawane saka ing pati sarta nutupi dosa akeh.

Page 972: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 PETRUS

Salam

1:1-2

11Saka Petrus rasule Gusti Yesus Kristus,marang kang padha neneka kang sumebar

ana ing tanah Pontus, Galati, Kapadhokia,Asia-Cilik lan Bitinia, 2yaiku para pepilihanmiturut ing rancanganing Allah, Ramakita sarta kang kasucekake dening Roh,supaya padha mituhua marang Fusti YesusKristus lan nampanana kepyuraning rahe.Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowemawantu-wantu.

Pangarep-arep, pracaya lan katresnan

1:3-123Pinujia Gusti Allah Ramane Gusti kita

Yesus Kristus, kang marga saka gunging sih-palimirmane wis nglairake kita maneh tumujumarang urip kang kebak ing pangarep-areplumantar wungune Gusti Yesus Kristus sakaing antarane wong mati, 4 supaya kia padhatampa warisan kang ora bisa rusak, ora cacadsarta ora bisa alum, kang kasimpen ana ingswarga tumrap kowe kabeh. 5Yaiku, kowekang padha kareksa dening panguwaosingAllah marga saka pracayamu sajrone kow

Page 973: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 PETRUS 1.6–12 2

padha nganti-anti marang karahayon kangwis cumawis lan kang bakal kawedharakeing jaman wekasan. 6 Jalaran saka iku padhabungah-bungaha, sanadyan ing wektu ikipadha nandhang prihatin sawatara mangsamarga saka anane godha-rencana warna-warna. 7Pamrihe supaya katona murninepracayamu kang ajine banget ngungkuli emaskang bisa rusak kang kauji murnine sranageni, temahan kowe padha oleh pangalembanasarta kamulyan lan kaurmatan besuk ing dinakababare Gusti Yesus Kristus. 8Panjenenganekang koktresnani sanadyan ora tau kokdelengsarta kokpracaya sanadyan saiki ora koksipati:Kowe padha sukarena, marga saka ananekabungahan kang mulya lan kang ora kenakinira-kira, 9amarga kowe wis padha bisangranggeh gegayuhane pracayamu, yaikukarahayoning nyawamu. 10 Iya karahayon ikukang wis dititi-priksa sarta ditliti dening paranabi kang padha meca bab sih-rahmat kangkagadhangake marang kowe. 11Dene paranabi iku padha niti-priksa: jaman apa sartakapriye karsane Rohe Sang Kristus, kangana ing batine, yaiku Roh kang sadurungeparing paseksen bab sakehing kasangsarankang bakal tumempuh marang Sang Kristussata bab sakehing kamulyan ing sawise iku.12Para nabi iku wis padha dijarwani, yen orapadha ngladeni sarirane piyambak, nangingkowe kang padha diladeni samubarang, kangsaiki wis kawartakake marang kowe deningwong-wong kang marga saka pakaryane Sang

Page 974: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 PETRUS 1.13–20 3

Roh Suci, kang wis kautus saka ing swarga,padha nggelarake Injil marang kowe kabeh,yaiku bab-bab kang dalasan para malaekatkapengin maspadakake.

Kasucen sarta katresnaning pasaduluran

1:13-2513Mulane cawisna akal-budimu sarta sing

waspada, apadene sakehing pangarep-arepmudhasarna ing sih-rahmat kang kaparingakemarang kowe ing wektu kababare GustiYesus Kristus. 14Uripmu dikaya bocah kangmbangun-turut, aja nuruti hawa-nepsukang misesa kowe nalika kowe isih padhabodho. 15Nanging kowe padha dadia suciing satindaking uripmu kabeh kayadenePanjenengane kang suci, kang wis nimbalikowe, 16 sabab ana tulisan mangkene: Sirapadha dadia suci, jalaran Ingsun iki suci.17Sarta manawa kowe padha nyebut

Panjenengane Rama, yaiku kang ngadilikabeh wong manut panggawene tanpa pilihkasih, uripmu kalawan wedi-asih sajronekowe mondhok ing donya iki. 18Sabab kowepadha sumurup, yen anggonmu katebus sakakalakuanmu kang tanpa guna, kang kokwarisisaka para leluhurmu, iku ora srana barangkang bisa rusak, uga ora kalawan salakautawa emas, 19nanging srana getih kangakeh ajine, yaiku rahe Gusti Yesus Kristuskang padha kaya getihing cempe kang tanpacacad lan tanpa blentong. 20Panjenengane

Page 975: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 PETRUS 1.21–25 4

iku wus pinilih sadurunge jagad tinalesan,nanging marga saka kowe Panjenenganelagi mbabarake sarirane, besuk ing jamanwekasan. 21Marga saka Panjenengane, kowepadha pracaya marang Gusti Allah, yaikukang wis mungokake Panjenengane saka ingantarane wong mati sarta kang wis maringikaluhuran marang Panjenengane, temahanpracayamu lan pangarep-arepmu tumujumarang Gusti Allah.22Sarehne kowe wus nucekake nyawamu

sarana pambangun-turut marang kayekten,satemah padha bisa nindakake katresnaning pasaduluran kang tanpa lamis, mulanepadha mempenga anggonmu tresna-tinresnankanthi gumolonging atimu. 23 Jalaran kowewus padha kalairake maneh ora saka wiji kangbisa sirna, nanging kanglanggeng, deningpangandikaning Allah kang gesang lan kanglanggeng. 24Sabab:“Sakehing daging iku kaya suketsarta kabeh kaluhurane iku kaya kembanging

suket,sukete dadi garing,lan kembange padha gogrog,25nanging pangandikane Pangeran iku tetep

salawas-lawase.”Iya iku pangandika kang wis kawartakakemarang kowe dening Injil.

Page 976: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 PETRUS 2.1–7 5

Gusti Yesus Kristus tetalesing pasamuwan

2:1-10

21Marga saka iku padha mbirata sakehingpiala sarta sarupane para-cidra, sarta lamis

lan drengki, apadene sakehing pamitenah.2Dikaya bayi kang nembe lair, kang tansahkapengin marang banyu susukang murnikang asipat rohani, supaya marga saka ikupadha lestria tuwuhmu ing bab karahayon,3manawa kowe nyata wis padha ngrasakakesih-kadarmaning Allah. 4Padha sowana ingPanjenengane kang minangka watu kang uripiku, kang pancen ditampik dening manungsa,nanging kang pinilih lan aji ana ing ngarsaningAllah. 5 sarta kowe dhewe iya padha dikayawatu urip, kang dianggo mbangun padalemankasukman minangka kaimaman kang suci,kang nyaosake pisungsung kasukman kangkatrimah ing Allah marga dening Gusti YesusKristus. 6Sabab ana tulisan sajrone Kitab Sucimangkene:“Sajatine, Ingsun wus masang watu pepilihan

ana ing Sion, sawijining watu pojokankang aji,

dene sapa wong kang kumandel marang ikubakal ora kawirangan.”

7Wondene anggone kasebut aji iku tumrapingkowe kang padha pracaya. Nanging tumrapkang padha ora pracaya:“Watu kang ditampik dening para juru gawe

omah,

Page 977: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 PETRUS 2.8–12 6

iku wus dadi watu pojokan, apadene iya wusdadi watu sandhungan

lan parang patanggoran.”8Anggone padha kasandhung iku marga oramituhu marang pangandikaning Allah; sartawong-wong iku kacadhangake tumrap bab iku.9Balik kowe iku bangsa kang pinilih,

kaimaman kaprabon, bangsa kang suci, umatkagungane Gusti Allah pribadi, supaya kowepadha martakake kautamane Panjenengane,kang wus nimbali kowe saka pepeteng maranging pepadhange kang ngeram-eramake.10Kowe, kang maune dudu umate Gusti

Allah,nanging saiki wus dadi umate,sing maune ora padha diwelasi,nanging saiki wus tampa kawelasan.

Pepenget supaya dadi abdining Allah

2:11-1711He, para kekasih, kowe kang kaya

wong mondhok lan wong neneka, padhadakpituturi supaya padha ngedohanakapencuting daging kang padha perangnglawan nyawamu. 12Dibecik uripmu anaing satengahe bangsa-bangsa kang dudubangsa Yahudi supaya manawa padha mitenahmarang kowe, kowe diarani durjana, padhanyumurupi panggawemu kang utama sartangluhurake Gusti Allah ing dina rawuhe nuweniwong-wong mau.

Page 978: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 PETRUS 2.13–20 713Kang iku padha sumuyuda, marang

sadhengah yeyasaning manungsa marga sakaGusti Allah, dadia marang raja kang kagunganpanguwaos kang dhuwur dhewe, 14 iya marangpara wakile kang kadhawuhan ngukum wongkang nindakake piala sarta ngalembanawong kang gawe becik. 15Sabab iku kangdadi karsane Gusti Allah, yaiku supaya kowesrana panggawe becik mbungkem cangkemewong bodho kang kurang kawruhe iku.16Uripmu dikaya wong mardika, aja kaya wongkang nylewengake kamardikane iku kanggonutupi pialane, nanging dikaya abdiningAllah. 17Padha ngajenana wong kabeh,sadulur-sadulurmu padha tresnanana. Duweawedi-asih marang Gusti Allah, ngurmatanaSang Nata Agung!

Kasangsarane Gusti YesusKristus minangka tuladha

2:18-2518Kowe para batur; padha sumuyuda kanthi

kebak pakering marang bendaramu, ora mungmarang kang becik lan grapyak bae, nanginguga marang kang kereng. 19 Jalaran, manawawong rumangsa kakarsakake dening Allahnandhang sangsara, kang ora samesthinekasandhang, iku sih-rahmat. 20Sabab,manawa kowe digebugi marga tindakmukang ala, apa iku kena kaalembana? Nangingmanawa kowe tumindak becik sarta margasaka mangkono kowe nandhang sangsara,

Page 979: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 PETRUS 2.21–3.2 8

iku sih-rahmat ana ing ngarsane GustiAllah. 21 Jalaran iya tumrap kang mangkonoiku anggonmu katimbalan, marga GustiYesus Kristus iya wis nandhang sangsarakanggo kowe sarta wis nilari tuladha marangkowe, supaya kowe uga tumindak kayaPanjenengane.22Panjenengane iku kang ora gawe dosa

sarta ing tutuke ora tinemu ana cidrane.23Nalika Panjenengane dipisuhi, oramales misuh. Nalika nandhang sangsaraora ngancam, nanging sumarah marangPanjenengane kang ngadili kanthi adil.24Panjenengane piyambak wis ngrembatdosa kita ing sarirane ana ing kayu salib,supaya kita sawise mati pisah saka dosa,padha urip cumadhang ing kayekten. Margasaka bilur-bilure kowe wus padha rahayu.25Awitdene dhek biyen kowe padha kesasarkaya wedhus, nanging saiki wis padhabali marang pangon sarta pamomongingnyawamu.

Kawajibane wong jejodhoan

3:1-7

31Mangkono uga kowe para wong wadon,padha sumuyuda marang bojomu, supaya

manawa ana wong lanang kang padha oramituhu ing pangandika, padha kagendengadening tingkah-lakune kang wadon tanpatetembungan, 2manawa padha nyawanging tindakmu kang murni sarta mursid

Page 980: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 PETRUS 3.3–9 9

iku. 3Kang dadi pepaesmu aja cara lair,yaiku sarana nglabang rambut, manganggomas-masan utawa kanthi manganggokang endah, 4nanging pepaesmu iku yaikukamanungsaning batin kang ora katon kangapepaes kang ora bisa rusak, kang asalesaka roh kang sareh, tentrem, kang pangajibanget ana ing ngarsaning Allah. 5Dene iyakaya mangkono iku, biyen patrape para wongwadon suci anggone manganggo, yaiku wongwadon kang ngarep-arep marang Gusti Allahsarta padha sumuyud marang bojone, 6padhakaya Ibu Sara anggone mituhu marang RamaAbraham sarta disebut bendarane, denekowe iku padha dadi putrane, angger kowetumindak becik sarta ora wedi ing pangancam.7Samono uga kowe, he, para wong lanang,

anggonmu jejodhoan nganggoa duga-dugatumrap para wong wadon, awit iku golongankang luwih ringkih! Padha ajenana amargaiku padha kanca ahli-warise sih-rahmatingkauripan, supaya pandongamu aja ngantikaalangan.

Katresnan sarta katentreman

3:8-128Wasana kowe kabeh padha disaiyeg tunggal

rasa, tresna marang para sadulur, ambekwelasan, sarta andhap-asor. 9Aja malesala marang piala, utawa pepisuh marangpepisuh, nanging kosok-baline, kowe padhamberkahana, amarga anggonmu padha

Page 981: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 PETRUS 3.10–15 10

katimbalan iku supaya tumindak mangkono,satemah kowe padha oleh barkah. Sabab:10 “Sing sapa arep nresnani uripsarta ngalami dina-dina kang becik,kudu mekak ilate, aja nganti kawetu kang

alasarta mekak lambene tumrap tetembungan

kang cidra.11Wong iku nyingkirana piala sarta

nglakonana kabecikan;wong iku kudu ngupaya katentreman sarta

ngudi supaya bisa kagayuh.12 Jalaran tingale Pangeran iku tumuju

marang para wong mursid,sarta talingane nilingake marang

pasambating wong-wong kang nyuwunpitulungan, nanging wadanane Pangeraniku nglawan marang wong kang padhanglakoni piala.”

Sabar ing sajroning kasangsaran

3:13--4:613Sarta sapa ta kang bakal nandukake

piala marang kowe, manawa kowe sregepgawe becik? 14Nanging sanadyan kowekudu nandhang sangsara marga sakalaku bener, kowe bakal rahayu. Aja wedimarang apa kang padha diwedeni sartaaja nganti giris. 15Nanging padha nuceknaGusti Yesus Kristus ing sajroning atimukayadene Pangeran! Sarta tansah padhadhangana aweh panjawab marang angger

Page 982: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 PETRUS 3.16–21 11

wong kang njaluk katrangan marang kowebab pangarep-arep kang dumunung ana ingkowe, nanging diklawan alus lan andhap-asor,16 sarta kalawan rumangsaning ati kangresik, supaya wong kang padha mitenahmarang kowe, marga uripmu mursid ana ingGusti Kristus, iku padha kewirangan denepadha tumindak mangkono. 17 jalaran luwihbecik nandhang sangsara marga tumindakbecik, manawa iku dikarsakake deningGusti Allah, katimbang nandhang sangsaramarga tumindak ala. 18Sabab Gusti YesusKristus uga wus nglampahi seda sapisanmarga dosa kita kabeh, Panjenengane kangtanpa kaluputan kanggo wong-wong kangkaluputan, supaya kita padha bisa kasowanakemarang ing ngarsaning Allah: Panjenenganekasedanan mungguh ing kadagingan, nangingkagesangake mungguh ing Roh, 19 sarta ingsajroning Roh iku uga, Panjenengane tedhakngundhangake Injil marang para roh kang anaing pakunjaran, 20yaiku marang roh-rohe parawong kang ing biyen nalika jamane Nabi Nuhpadha ora mbangun-miturut marang GustiAllah, rikala Gusti Allah tetep ngantos-antoskalawan sabar, ing kalane Nabi Nuh lagiyasa prau, kang mung diungseni wongsathithik, yaiku wong wolu, kang kapitulunganbisa oncat saka ing banjir. 21Samono ugakowe saiki iya padha kapitulngan kalawanibarating lelakon mau, yaiku baptis, kang oraateges ngresiki reregeding badan, nangingminangka panyuwun marang Gusti Allah

Page 983: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 PETRUS 3.22–4.6 12

supaya kaparingana rumangsaning ati kangbecik, marga saka wungune Gusti YesusKristus, 22kang lenggah ing tengening Allahsawise sumengka menyang ing swarga, sawisesakehing malaekat, para panguwasa sarta parapamisesa ditelukake marang Panjenengane.

41Dadi sarehne Gusti Yesus Kristus wisnglampahi sangsara kadagingan, mulane

kowe iya sikepa gegaman pikiran mangkono,amarga sapa kang wis nandhang sangsarakadagingan iku wis mareni anggone ngalakonidosa, 2 supaya wektu kang isi ana , ajakokanggo nuruti kepencuting manungsa ,nanging mituhu marang ing karsaning Allah.3 Jalaran wus cukup suwene anggonmunindakake kekarepane wong kang ora wanuhing Allah. Kowe wis padha nuruti ubalinghawa-nepsu warna-warna, pepenginan,mendem, jibar-jibur, sarta nyembah brahalakang ora kaparengake. 4Marga saka iku kowepadha digumuni, dene kowe padha ora melunyemplung ing blethokaning pamblasar ikuuga karo wong-wong iku temahan kowe banjurpadha dipitenah. 5Nanging wong-wong ikukudu padha ngunjukake panjawab marangPanjenengane kang wis mirantos bakal ngadiliwong urip lan wong mati. 6Awit iya iku prelunedalah wong mati iya wis padha kaundhanganInjil, supaya padha diadili ing kadaginganekaya manungsa kabeh, nanging mungguh ingroh bisa urip manut karsaning Allah.

Page 984: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 PETRUS 4.7–13 13

Uripe wong Kristen

4:7-117Kawusanane samubarang kabeh wis

cedhak. Marga saka iku dibisa ngemudhenidhirimu sarta disareh, supaya kowe padha bisandedonga. 8Nanging kang prelu dhewe padhamempenga anggonmu tresna-tinresnan,jalaran katresnan iku nutupi dosa kangakeh banget. 9Sing padha seneng pondhok-pinondhokan ora nganggo nggrundel. 10Padhaladen-linadenana miturut ganjaran kang wuskaparingake marang saben wong jalarananggone dadi juru-gedhonge sih-rahmatingAllah kang becik. 11Manawa ana wong kangpitutur, iku dikaya wong kang nglantarakepangandikaning Allah; manawa ana wongkang leladi, iku katindakna kanthi kakuwatanpeparinging Allah, supaya Gusti Allahkaluhurna ing samubarang kabeh margasaka Gusti Yesus Kristus. Panjenengane ikukang kagungan kamulyan sarta panguwaoslanggeng salawas-lawase! Amin.

Sangsarane wong Kristen

4:12-1912He para kekasih, aja padha gumun marang

panasing geni siksan kang nekani koweminangka pandadaran, kaya-kaya ana babkang ora lumrah kang namani kowe. 13Malahpadha bungaha, iku tampanana minangka

Page 985: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 PETRUS 4.14–5.1 14

panduman ing bab sangsarane Gusti Kristus,supaya kowe uga kepareng bungah sartasukarena besuk samangsa Panjenenganembabar kamulyane. 14Rahayu kowe, manawakowe padha diwewada marga saka asmaneGusti Kristus, amarga Rohing kamulyan yaikuRohing Allah dumunung ana ing kowe. 15Ajaana panunggalanmu kang nandhang sangsaramarga mateni wong, utawa dadi maling, utawawong ala, utawa wong dakwen. 16Nangingmanawa nandhang sangsara marga dadiwong Kristen, iku aja isin, malah ngluhurnaGusti Allah atas asmane Gusti Kristus iku.17 Jalaran saiki wis tumeka ing titi-mangsanepangadilan kawiwitan lan bakal kawiwitansaka ing padalemaning Allah. Mangka manawakawiwitan saka kita, kapriye bakal wekasanewong kang padha ora pracaya marang InjilingAllah? 18Sarta manawawong mursid iku meh bae ora kaslametake,wong duraka lan wong dosa iku bakal kapriye

kadadeane?19Kang iku para kang nandhang sangsaramarga saka karsaning Allah, iku padhamasrahna nyawane, kalawan tansah nglakonikabecikan, marang kang nitahake kang setyatuhu.

Engonen para wedhuse Gusti Allah

5:1-11

51Para pinituwa kang ana ing antaramuiku dakpituturi, -- amarga aku iki dadi

Page 986: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 PETRUS 5.2–9 15

kanca pinituwa sarta seksine sangsaraneSang Kristus, kang iya bakal oleh pandumankamulyan kang besuk bakal kawedharake--: 2Pepanthan mendane Gusti Allah kangana ing kowe iku enggonen, aja margakapeksa, nanging kalawan legawaning ati laraskaro karsaning Allah, sarta aja marga sakakapengin oleh kauntungan, nanging kalawanrasa leladi. 3Kowe aja tumindak kaya-kayanguwasani pasamuwan reksanmu, nangingdadia tuladha tumrap pepanthan iku. 4Besukmanawa Sang Pangon Agung rawuh, kowebakal padha nampani makuthaning kamulyankan ora bisa alum. 5Samono uga kowe, hehpara wong anom, padha sumuyuda marangpara wong tuwa, sarta siji lan sijine sing padhaandhap-asor, amarga:“Gusti Allah nglawan marang wong kang

kumalungkung, nanging paringsih-rahmat marang wong kangandhap-asor.”

6Kang iku padha mendhaka ing sangisoreastane Gusti Allah kang kuwat, supayakowe padha linuhurake ing mangsa kangwis katemtokake. 7Sakabehing sumelangmupasrahna marang Panjenengane, sababPanjenengane kang ngopeni kowe kabeh.8Padha diwaras ing budi sarta diprayitna,jalaran mungsuhmu Iblis iku klinteran kayasinga nggero-nggero ngupaya manungsa kangkena dimangsa. 9Tanggulangana kalawanpracaya kang santosa, jalaran kowe padhasumurup yen kabeh sadulrmu kang ana ing

Page 987: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 PETRUS 5.10–14 16

saindenging jagad iya padha ketaman ingsangsara kaya mangkono. 10Dene GustiAllah sumbering sakehe sih-rahmat, kangwis nimbali kowe kabeh ana in Sang Kristusmarang kamulyane kang langgeng, bakalnyampurnakake, neguhake, nyantosakakesarta ngukuhake kowe, sawise kowe padhanandhang sangsara sawatara mangsa. 11 IyaPanjenengane iku kang kagungan panguwaoslanggeng salawas-lawase! Amin.

Salam

5:12-1412Anggonku nulis cekak marang kowe iki

lumantar Silwanus, kang dakanggep sadulurkang kena dipracaya, prelu ngelingake sartanyethakake, manawa iki sih-rahmate GustiAllah kang sanyata. Iku padha ugemana kangtemenan!13Sala marang kowe kabeh, saka sadulurmu

ing Babilon kang pilihan lan Markus anakku.14Padha sesalamana nganggo pangambungingkatresnan. Tentrem-rahayu anaa ing kowekabeh kang padha ana ing patunggilane SangKristus. Amin.

Page 988: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 PETRUS

Salam

1:1-2

11Saka Simon Petrus, abdi sarta rasuleGusti Yesus Kristus, marang kang padha

kaparingan pracaya nunggal karo aku kabeh,marga dening kaadilaning Gusti Allah sartaPamarta kita Gusti Yesus Kristus. 2Sih-rahmatlan tentrem-rahayu ngluberana ing kowekabeh, marga saka anggonmu padha wanuhmarang Gusti Allah sarta marang Gusti Yesus,Gusti kita.

Timbalan sarta pilihaning Allah

1:3-153Marga saka panguwasane kaallahane, kita

wis padha kaparingan samubarang kang prelutumrap ing urip kang mursid, srana wanuhmarang Panjenengane kang wis nimbali kitamarga saka panguwaose kang mulya lanngeram-eramake. 4Kalawan patrap mangkonoiku Panjenengane wis maringi marang kitaprasetya-prasetya kang adi sarta pinunjul,supaya srana iku kowe padha bisa tunggalkodrat kaallahan lan ora kena ing dayaninghawa-nepsu kadonyan. 5 Iya marga sakaiku kowe padha kudu mempeng anggonmu

Page 989: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 PETRUS 1.6–14 2

mbudidaya supaya pracayamu kawuwuhaning kautaman sarta kautamanmu kawuwuhaning kawruh, 6 tuwin kawruh kawuwuhan ingpambudidaya ngemudheni dhiri, pambudidayangemudheni dhiri kawuwuhan mugen, mugenkawuwuhan mursid, 7mursid kawuwuhantresna marang para sadulur, tresna marangsadulur kawuwuhan tresna marang wongkabeh. 8 Jalaran manawa kowe padhakadunungan iku mau kabeh nganti luber, kowemesthi bakal dadi mempeng ing panggawesarta banjur metu wohe anggonmu wanuhmarang Gusti Yesus Kristus, Gusti kitaiku. 9Nanging sing sapa ora kadnunganiku mau kabeh, bakal dadi wuta sartacethek panemune, jalaran wis lali manawadosa-dosane kang dhisik wis dibirat.10Mulane para sadulur, tansaha mbudidaya

supaya saya kukuh anggonmu katimbalanlan pinilih iku. Jalaran manawa nglakonimangkono, kowe bakal padha ora taukasandhung. 11Kalawan mangkono iku, kowebakal kaparingan wewenang sakatoge lumebuing Kraton kang langgeng, yaiku Kratone Gustilan Pamarta kita Gusti Yesus Kristus.12Mulane aku tansah bakal ngelingake

kowe marang bab iku mau kabeh, sanadyankowe iya wis padha sumurup sarta wispadha santosa ing sajrone kayekten kangwus koktampani. 13Sadurunge aku ninggaltarubing badanku iki anggonku tansahngelingake kowe marang iku mau kabeh ikudakanggep dadi kawajibanku. 14 Jalaran aku

Page 990: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 PETRUS 1.15–19 3

sumurup, manawa aku bakal enggal ninggaltarubing badanku iki, kayadene kang wiskapangandikakake marang aku dening GustiYesus Kristus, Gusti kita. 15Nanging aku bakalmbudidaya, supaya saungkurku kowe tansahpadha ngeling-eling marang prakara iku maukabeh.

Pameca bab kamulyaneSang Kristus wis kalakon

1:16-2116 Jalaran anggonku padha nyumurupake

kowe bab panguwaos lan bakal rawuhe Gustikita, Gusti Yesus Kristus kang jumeneng ratu,iku ora marga ngandel marang dongengewong kang ora nyata, nanging aku kabeh ikipadha dadi seksi ing bab kaluhurane. 17Akupadha nyipati anggone Panjenengane tampakaurmatan lan kamulyan saka Gusti Allah SangRama, nalika katedhakan swara saka KangMahaluhur, kang ngandika: “Iki PutraningSunkekasih, kang ndadekake keparengingpanggalihingSun.” 18Swara iku mau padhadakrungu tumurun saka ing swarga, nalikaaku padha ndherek Panjenengane ana inggunung kang suci.19Marga saka iku aku padha saya

kasantosakake dening pangandika kang wiskalirake dening para nabi. Saiba becike,manawa kowe padha nggatekake bab iku,kayadene nggatekake damar kang madhangipanggonan kang peteng, nganti gagat raina

Page 991: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 PETRUS 1.20–2.4 4

sarta jumedhule lintang panjer esuk kangsumunar ana ing sajroning atimu. 20Denekang prelu dhewe kang kudu koksumurupi,yaiku manawa pamedhar-wangsit ing KitabSuci ora kena ditegesi manut karepingmanungsa dhewe, 21 jalaran ora tau anapamedhar-wangsit kang kawedharake sakakareping manungsa, nanging marga sakakawangsit dening Sang Roh Suci wongwongbanjur padha calathu atas asmaning Allah.

Nabi-nabi sarta guru-guru palsu

2:1-22

21Kayadene dhek biyen ing antaraneumate Gusti Allah ana kang ngaku-aku

nabi, mangkono ing antaramu iya bakalana kang ngaku-aku guru, kang padhanylundupake piwulang-piwulang panasarankang nuntun marang karusakan, malah bakalpadha nyelaki Kang Kuwaos, kang wis nebuswong-wong mau lan marga saka iku bakalnjalari karusakane dhewe. 2Sarta akehwonkang kelu ing pamblunthahe, tuwin margasaka pokal-gawene iku Marganing Kayektenbakal dicecamah. 3Sarta marga saka srakahe,guru-guru palsu iku bakal padha ngudigolek kauntungan saka kowe kabeh kanthidongeng-dongenge kang ngayawara.4 Jalaran manawa Gusti Allah ora ngeman

marang malaekat kang padha gawedosa, nanging dicemplungake ing naraka,kapasrahake marang guwa-guwa peteng

Page 992: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 PETRUS 2.5–11 5

kanggo nyimpen nganti dinaning pangadilan;5 sarta manawa Gusti Allah ora ngeman jagading jaman purwa, nanging mung milujengakeRama Nuh kang ngabarake kayekten karowong pitu liyane, nalika Panjenenganendhatengake banjir patopan kanggo jagadepara wong mblasar; 6mangkono uga manawaGusti Allah nyirnakake kutha Sodom lanGomora kalawan geni minangka pepelingmarang wong kang ing tembe bakal padhamblasar, 7nanging Panjenengane ngentasakeLut, kang mursid, lan tansah pegel atineawit uripe wong-wong padha ora mredulimarang angger-angger lan mung ansah nurutihawa-nepsune bae, 8 -- jalaran wong mursidiku manggon ing satengahe wong-wong mausarta ing sadina-dina sumurup lan krungupratingkah-pratingkahe kang mblasar ikusatemah atine kang mursid iku kaya kasiksa --9dadi tetela, manawa Pangeran mirsa caranengentasake wong mursid saka ing godharencana sarta nyadhangake para wong durakamarang ing dina pangadilan bakal kasiksa,10 luwih maneh wong kang padha nurutihawa-nepsune marga kepencut ing jejembersarta ngremehake pangrehing Allah.Wong-wong iku padha kumawani sarta

gumunggung, nganti tanpa rikuh pakewuhnyenyamah marang kaluhuran, 11mangka paramalaekat dhewe, sanadyan luwih peng-pengansarta luwih kuwasa katimbang wong-wongiku, anggone nggugatake wong-wong mauana ing ngarsaning Allah, padha ora nganggo

Page 993: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 PETRUS 2.12–18 6

tembung nyenyamah. 12Nanging wong-wongiku padha bae karo kewan kang tinitahakedadi kewan dekepan sarta banjur dipateni.Wong-wong iku padha nyenyamah marangkang ora disumurupi, temahan marga sakapanggawene kang duraka iki, bakal padhanemoni karusakan dhewe kaya kewan alasan,13 sarta bakal ngalami nasib ala minangkapituwasing durakane. Seneng-seneng sabenawan kaanggep sawijining kanikmatan. Padhadadi jejember sarta blentong, kang mendeming sajroning nuruti hawa-nepsune, samasapadha mangan ngombe bebarengan karo kowekabeh. 14Mripate kebak isi pepenginan lakubedhang, ora mari-mari anggone gawe dosa.Wong-wong iku padha mbebujuk wong-wongkang ringkih atine. Wateke wis kulina srakah.Pancen dhasar wong kang padha kena ingipat-ipat! 15Sarehne padha ninggal dalan kangbener, banjur padha kesasar, ngenut dalaneBileam anake Beor kang seneng tampa opahtumrap panggawe-panggawe ala. 16NangingBileam kawelehake kalawan keras marga sakatumindake kang ala iku, jalaran kuldi momotankang ora bisa guneman banjur calathu kayamanungsa, sarta nyegah kabodhoane nabi iku.17Guru-guru palsu iku kaya sumber kang

asat, kaya mega kang kabuncang ing prahara;wong-wong iku wis padha kasadhiyananpanggonan kang peteng ndhedhet lelimengankang nggegirisi banget. 18 Jalaran wong-wongiku padha ngucapake tetembungan kanggumunggung nanging kothong, sarta

Page 994: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 PETRUS 2.19–3.2 7

migunakake hawa-nepsune kang tumuju inglaku bedhang kanggo mbebujuk marang wongkang lagi bae sumingkir saka ing wong-wongkang kesasar uripe. 19Padha njanjenikamardikan marang wong liya, mangka awakedhewe padha dadi baturing karusakan. Jalaransing sapa katelukake dening wong, iku iya dadibature wong iku. 20Sabab manawa wong-wongmau marga saka anggone wis wanuh marangGusti sarta Juruwilujeng kita Gusti YesusKristus, wis padha ngoncati ing jejemberedonya, mangka banjur kasrimped maneh ingkono, iku wekasane alane ngluwihi sadurunge.21 Jalaran saka iku luwih becik padha ora taunyumurupi dalaning kayekten, katimbang karosawise sumurup banjur mungkur ninggal ingpepakon suci kang wis kadhawuhake marangwong-wong mau. 22Kaanane wong-wong ikunocogi unine paribasan kang bener mangkene,“Asu mbaleni utah-utahane,sarta babi kang wis adus bali manehmenyang ing pagupakane.”

Dina rawuhe Gusti

3:1-16

31He, para kekasih, iki wis layang kangkapindho, kang daktulis marang kowe. Ana

ing layang loro iku aku mbudidaya nenangipangreten kang murni kalawan aweh pepeling-pepeling, 2 supaya kowe padha ora lali marangpangandika kang biyen wis kadhawuhakedening para nabi kang suci, sarta marang

Page 995: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 PETRUS 3.3–10 8

dhedhawuhane Gusti lan Sang Juruwilujenglumantar para rasulmu marang kowe kabeh.3Kang luwih dhisik kudu koksumurupi,yaiku manawa besuk ing dina-dina wekasanbakal ana juru-juru pamoyok kang jumedhulmemoyoki, yaiku wong kang lakune padhanuruti hawa-nepsune, 4 sarta kang padhaduwe uni mangkene: “Endi prasetya bakalrawuhe iku? Jalaran wiwit nalika ngajale paraleluhurkita samubarang kabeh ajeg bae kayanalika donya dititahake.” 5Wong-wong ikunjarag ora kapengin weruh, manawa margasaka sabdaning Allah wiwit biyen mula wis analangit sarta ana bumi, kang dumadine sakabanyu sarta srana banyu. 6Mangka margasaka banyu iku bumi kang biyen wis rusakiku, kasirnakake dening patopan. 7Nangingdening pangandika iku mau uga, langit lanbumi kang saiki kasingkirake saka ing geni lankasimpen tumeka ing dina pangadilan sartatumpese para wong mblasar. 8Mung bae parakekasih, kowe aja padha kelalen prakara sijiiki, yaiku yen ing ngatase Pangeran sadinaiku prasasat sewu taun sarta sewu taunprasasat sadina. 9Pangeran ora mblenjanijanjine, sanadyan ana sawenehing wong kangngarani mblenjani, nanging Panjenenganenyabari kowe, sabab karsane aja nganti anawong kang nemu bilai, nanging supaya kabehwong padha bali sarta mratobat. 10Nangingbakal tekane dinaning Gusti iku patrape kayamaling; ing dina iku langit bakal sirna kanthiswara gumuruh nggegirisi sarta dhedhasaring

Page 996: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 PETRUS 3.11–16 9

wujuding donya bakal lebur kaobong sartabumi lan kabeh kang ana ing kono bakal ilangsirna. 11Mulane manawa samubarang kabehiki bakal lebur kanthi patrap mangkono iku,saiba gedhene kawajibanmu supaya uripmusuci sarta mursid, 12yaiku kowe kang padhanganti-anti sarta nggelisake marang tekanedinane Gusti Allah. Ing dina iku langit bakallebur, kamangsa ing geni sarta dhasar-dhasarwujuding donya padha luluh kaobong.13Nanging laras karo prasetyane, kita padhanganti-anti marang langit anyar sarta bumianyar kang kadunungan kayekten.14Mulane para kekasih, sajrone kowe

padha nganti-anti marang iku mau, padhambudidayaa supaya tinemu tanpa cacad sartatanpa blentong ana ing ngarsane kalawantentrem-rahayu. 15Sarta kasabarane Gustikita anggepen minangka kalonggaran tumrapkowe kabeh, supaya oleh karahayon, iya kayasadulur kita Paulus kang kinasih anggonewis nulis layang marang kowe miturutsaka anggone kaparingan kawicaksanan.16 Iku kaetrapake ana ing layange kabeh,manawa ngrembug prakara-prakara iki.Layang-layange iku isi bab-bab kang angel,njalari wong-wong kang ora ngreti sarta orakukuh imane, njungkir-balikake prakara ikumau, njalari karusakane dhewe, kayadeneanggone tumindak tumrap tulisan-tulisanliyane.

Page 997: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 PETRUS 3.17–18 10

Panutup

3:17-1817Nanging kowe kabeh, para kekasih,

sadurunge wis padha sumurup prakara iku.Mulane dipadha waspada, supaya aja ngantikelu ing panasarane wong murangsarak,sarta aja kelangan gondhelanmu kang kukuh.18Malah padha mundhak-mundhaka ingsih-rahmat sarta ing pangawruh marangGusti lan Sang Juruwilujeng kita, Gusti YesusKristus. Panjenengane kang sayogya kagungankamulyan ing samengko nganti tumeka ingsalawas-lawase.

Page 998: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 YOKANAN

Paseksene rasul bab Sabdaning kauripan

1:1-4

11Kang wus ana ing wiwitan mula, kangwus padha dakrungu, kang wus padha

dakdeleng kalawan mripatku, kang wusdakwaspadakake, iya kang wus dakgrayangkalawan tanganku bab ing ngatase Sabdaningkauripan, yaiku kang dakwartakake marangkowe! 2Dene urip iku wus kababar lan wuspadha dakdeleng, dene saiki aku padha dadiseksi sarta ngundhangake marang kowebab urip langgeng kang dumunung ana ingSang Rama lan kang wus kalairake marangaku kabeh. 3Kang wus padha dakdeleng landakrungu iku mau iya dakwartakake marangkowe, supaya kowe uga bisaa tetunggalan karoaku kabeh. Lan anggonku padha tetunggalaniku karo Sang Rama lan karo Sang Putra,Gusti Yesus Kristus. 4Dene anggonku nulisbab iki mau kabeh marang kowe iku supayakabungahanku dadia sampurna.

Gusti Allah iku pepadhang

1:5-105Anadene iki pawarta kang wus padha

dakrungu saka ing Panjenengane, kang

Page 999: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 YOKANAN 1.6–2.2 2

dakwartakake marang kowe: Gusti Allah ikupepadhang lan Panjenengane ora kadununganpepeteng babar pisan. 6Saupama kita padhangaku tetunggalan karo Panjenengane,mangka laku kita ana ing pepeteng, dadi kitagoroh lan ora nglakoni ing kayekten. 7Balikmanawa laku kita ana ing pepadhang kayadenePanjenengane iya ana ing pepadhang, dadikita padha tetunggalan, sarta rahe Gusti YesusKang Putra iku ngresiki kita saka sakehe dosa.8Saupama kita padha ngaku ora duwe dosa,dadi padha ngapusi awak kita dhewe lan orakadunungan kayekten. 9Manawa kita padhangakoni dosa kita, Panjenengane iku setyatuhu lan adil, temah bakal ngapura sakehingdosa kita, sarta ngresiki sakehing piala kita.10Saupama kita padha ngaku ora gawe dosa,dadi padha nganggep Panjenengane dora,sarta pangandikane ora dumunung ana ingkita.

Sang Kristus Pantara kita

2:1-6

21He, anak-anakku, anggonku nulis babprakara iku marang kowe iku supaya kowe

aja padha gawe dosa. Ewadene manawa anakang gawe dosa, kita padha duwe Pantaraana ing ngarsane Sang Rama, iya iku: GustiYesus Kristus kang adil. 2Lan Panjenenganeiku kang dadi pangruwate dosa kita, lan orangemungake dosa kita bae, nanging malah iyadosane wong sajagad kabeh.

Page 1000: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 YOKANAN 2.3–11 33Anggon kita wus padha wanuh Gusti Allah

iku titikane yaiku manawa kita padha netepiing pepakone. 4Sing sapa duwe ujar: “Akuwanuh karo Panjenengane,” mangka oranetepi ing pepakone, iku wong goroh lan orakadunungan kayekten. 5Balik sing sapa netepipangandikane, iku kang sanyata kadunungansihing Allah kang sampurna; iya iku marganeanggon kita padha sumurup, yen kita padhadumunung ana ing Panjenengane. 6Sing sapaduwe ujar yen ana ing Panjenengane, ikukawajiban nglarasake uripe kalawan sugengeSang Kristus.

Pepakon anyar

2:7-177He, para kekasih, kang daktulis iki dudu

pepakon anyar, nanging pepakon lawas kangwus ana ing kowe wiwit wiwitan mula Pepakonkang lawas iku yaiku pangandika kang wuspadha kokrungu. 8Ewasamono pepakon anyaruga kang dakemot ing layangku marang koweiki, kang wus sanyata ana ing Panjenenganelan ana ing kowe, amarga pepeteng ikunedhenge sirna, lan pepadhang kang sajatiwus sumunar. 9Sing sapa duwe ujar yendumunung ana ing pepadhang, mangkasengit marang sadulure, iku isih dumunungana ing pepeteng kongsi saprene. 10Singsapa tresna marang sadulure iku kang lestariana ing pepadhang, sarta ora kanggonansesandhungan. 11Balik sing sapa sengit

Page 1001: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 YOKANAN 2.12–17 4

marang sadulure, iku dumunung ana ingpepeteng, sarta urip ana ing pepeteng, wongiku ora weruh menyang ngendi parane,amarga mripate diwutakake dening pepetengmau.12He, anak-anak, mulane aku nulis layang

marang kowe, marga dosamu wus padhakaapura marga saka Kang Asma. 13He, parabapa, mulane aku nulis layang marang kowe,amarga kowe wus padha wanuh marangPanjenengane kang ing purwa mula wusana. He, para wong anom, mulane aku nulislayang marang kowe, amarga kowe wuspadha ngalahake si pangawak dursila. 14He,bocah-bocah, anggonku nulis layang marangkowe, amarga kowe wus padha wanuh karoSang Rama. He, para bapa, aku nulis layangmarang kowe, amarga kowe wus padha wanuhkaro Panjenengane kang ing purwa mula wusana. He, para wong anom, aku nuis layangmarang kowe, amarga kowe padha santosa,sarta pangandikane Gusti Allah dumunung anaing kowe, lan kowe wus padha ngalahake sipangawak dursila.15Kowe kabeh aja padha rumaket marang

donya lan marang samubarang kang anaing kono. Manawa wong rumaket marangdonya, iku ora kadunungan katresnan marangSang Rama. 16Sabab samubarang kangana ing donya, iku pepenginaning daginglan pepenginaning mripat tuwin digungingngaurip, iku ora saka Sang Rama, nangingsaka ing donya. 17Anadene donya iki lan

Page 1002: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 YOKANAN 2.18–23 5

kamelikane nedhenge sirna, nanging sapakang nglakoni karsane Gusti Allah iku tetepurip ing salawas-lawase.

Anti-Kristus

2:18-2718He, bocah-bocah, iki wektu kang wekasan.

Lan kaya anggonmu wus padha krungu wartayen si Anti-Kristus bakal teka, mangkono ugaing samengko iya wus akeh Anti-Kristus kangpadha jumedhul. Kang mangkono iku dadipratandha yen iki nyata-nyata wektu kangwekasan. 19Asale Anti-Kristus iku pancensaka ing antara kita, nanging sanyatanepadha dudu panunggalan kita; awit saupamatemen-temen dadia panunggalan kita, mesthipadha tetep nunggal karo kita. Nangingkelakone iku supaya tetelaa yen dheweke orakabeh nyata dadi panunggalan kita. 20Balikkowe iku wus padha kajebadan dening KangSuci, marga saka mangkono kowe padhanyumurupi samubarang. 21Anggonku nulislayang marang kowe, iku ora marga kowe orasumurup ing kayekten, nanging malah margakowe sumurup marang bab iku lan margasaka kowe wus padha nyumurupi uga, yensabarang kang goroh iku ora ana kang asalesaka ing kayekten.22Sapa ta si pangawak goroh iku? Apa

dudu kang nyelaki yen Gusti Yesus iku SangKristus? Yaiku si Anti-Kristus, kang nyelakimarang Sang Rama lan Sang Putra. 23Amarga

Page 1003: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 YOKANAN 2.24–29 6

wong kang nyelaki marang Sang Putra ikuiya ora nduweni Sang Rama. Kang ngakonimarang Sang Putra, iya nduweni Sang Rama.24Anadene mungguh kowe iku, apa kang wuspadha kokrungu ing wiwitan mula, iku tetepaana ing kowe. Manawa apa kang wus kokrunguing wiwitan mula iku tetep dumunung anaing kowe, dadi kowe iya bakal padha tetepana ing Sang Putra lan ana ing Sang Rama.25Anadene prasetya kang diprasetyakakedening Panjenengane piyambak marang kitaiya iku urip langgeng.26Kabeh iki anggonku nulis marang kowe bab

wong-wong kang sumedya nasarake kowe.27Sabab jebadan kang wus padha koktampanisaka Panjenengane iku tetep ana ing kowe.Marga saka iku kowe ora prelu diwulangdening wong liya. Nanging kayadene babanggone njebadi iku mulang marang kowe babsamubarang -- lan piwulange iku nyata, oragoroh -- lan kayadene anggone Panjenenganebiyen wus mulang marang kowe, mangkonouga kowe padha tetepa ana ing Panjenengane.

Para putraning Allah

2:28--3:1028Anadene ing samengko, he, anak-anakku,

padha tetepa ana ing Panjenengane, supayasamasa Panjenengane ngatingal, kita padhatatag ing pracaya lan ora usah isin ana ingngarsane besuk ing dina rawuhe. 29Manawakowe padha sumurup yen Panjenengane iku

Page 1004: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 YOKANAN 3.1–7 7

sampurna, iya ngawruhana yen saben wongkang nglakoni ing kasampurnan, iku laire sakaing Panjenengane.

31Kawruhana, sapira gedhene katresnankang diparingake dening Sang Rama

marang kita, nganti kita padha kasebut paraputraning Allah, lah kita pancen putraningAllah. Mulane jagad ora wanuh marangktia, amarga jagad iku ora wanuh marangPanjenengane. 2He, para kekasih, saiki kitapadha dadi putraning Allah, ananging durungcetha kapriye bakal kaanan kita ing tembe.Mung bae kita padha sumurup, manawaSang Kristus ngatingal, kita bakal dadi padhakaro Panjenengane, amarga kita bakal padhandeleng kaanane Panjenengane ing sajatine.3Sok wonga kang duwe pangarep-arepmangkono marang Panjenengane, iku mesthinucekake awak, kayadene Panjenenganekang asipat suci. 4Sok wonga kang nglakonidosa, iku iya nerak angger-anggering Allah,sabab dosa iku nerak angger-anggering Allah.5Lan kowe padha sumurup yen anggonePanjenengane wus nglairake sarira iku prelumbirat sakehing dosa, sarta Panjenenganeiku ora kadunungan dosa. 6Marga saka ikusok wonga kang tetep ana ing Panjenengane,iku ora gawe dosa maneh, sok wonga kangtetep gawe dosa, iku ora weruh lan ora wanuhmarang Panjenengane.7He, anak-anakku, kowe aja gelem

disasarake dening sapa bae. Sapa kangnindakake kayekten iku kadunungan

Page 1005: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 YOKANAN 3.8–15 8

kayekten, padha kaya Panjenengane iya asipatkayekten. 8Sapa kang tetep tumindak dosa,iku asale saka Iblis. Awitdene Iblis iku anggonegawe dosa wus wiwit-wiwitan mula. AnggonePutraning Allah nglairake sarira iku, iya prelunglebur panggawening Iblis iki.9Saben wong kang laire saka ing Allah, iku

ora nglakoni dosa maneh, amarga wijiningka-Allahan tetep ana ing batine, lan ora bisagawe dosa, amarga laire saka ing Allah. 10 Ikititikane para putraning Allah lan para anakeIblis; sok wonga kang ora nindakake kayekteniku asale ora saka ing Allah, mangkono ugakang ora tresna marang sadulure.

Tresna marang sadulurdadi titikane urip anyar

3:11-1811Sabab iya iki pawarta kang wus padha

kokrungu wiwitan mula, iya iku supaya kitapadha tresna-tinresnanana. 12Aja kaya Kain,kang asale saka ing pangawak dursila sartamateni sadulure. Lan apa sababe anggonemateni iku? Amarga sakabehing panggaweneala, lan panggawene adhine becik. 13He,sadulur-sadulur, aja padha gumun manawajagad padha sengit marang kowe. 14Kita padhasumurup, yen kita wus padha ngalih saka ingpati marang urip, iya iku marga kita padhatresna marang para sadulur kita. Sapa kangora nresnani sadulure, iku tetep dumunungana ing pati. 15Sok wonga kang sengit marang

Page 1006: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 YOKANAN 3.16–22 9

sadulure iku dadi juru mateni wong. Lankowe padha sumurup, manawa ora ana jurumateni kang tetep kadunungan urip langgeng.16Mungguh katresnane Sang Kristus iku wuskita sumurupi, yaiku: manawa Panjenenganewus masrahake nyawane kanggo kita, dadikita iya padha kawajiban masrahake nyawakita kanggo sadulur-sadulur kita. 17Sapakang duwe bandha kadonyan, mangka weruhsadulure kacingkrangan, ewadene nutuplawanging atine tumrap marang sadulure mau,kapriye bisane tetep kadunungan katresnaningAllah? 18He, anak-anakku, anggon kita padhatresna iku aja mung kalawan tembung utawakalawan ilat bae, nanging dikanthenanapanggawe lan ing sajroning kayekten.

Kayakinan ana ing ngarsaning Allah

3:19-2419Mangkono iku anggon kita padha

nyumurupi, yen asal kita saka ing kayekten.Mangkono uga ati kita bisa tentrem ana ingngarsane Gusti Allah. 20Amarga manawa kitapadha kawelehake dening ati kita dhewe, GustiAllah iku ngluwihi ati kita sata nguninganisamubarang. 21He, para kekasih, manawakita ora kawelehake dening ati kita, dadipadha bisa sowan marang ing ngarsane GustiAllah kalawan tatag ing pracaya, 22 lan apabae kang kita suwun, kita padha diparingi,amarga padha netepi sakehing pepakone sartanglakoni apa kang ndadekake keparenge.

Page 1007: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 YOKANAN 3.23–4.4 1023Anadene pepakone iku yaiku: supayakita padha pracaya marang asmane GustiYesus Kristus, Kang Putra, lan supaya padhatresna-tinresnanana cocog karo pepakon kangkadhawuhake dening Sang Kristus marangkita. 24Dene sapa kang netepi sakehingpepakone, iku dumunung ana ing Allah,lan Gusti Allah ana ing wong iku. Lan iyamangkono iku anggon kita padha sumurup,yen Gusti Allah dumunung ana ing kita, iya ikuRoh kang wus diparingake marang kita.

Rohing Allah lan rohing Anti-Kristus

4:1-6

41Para kekasih, aja padha nggugu marangangger roh, nanging roh-roh iku dadaren,

apa asale saka ing Gusti Allah. Amargaakeh wong kang mindha-mindha nabikang jumedhul lan ndlajahi jagad kabeh.2Anggonmu padha niteni Roh Allah iku titikanemangkene: Sadhengah roh kang ngakonimanawa Gusti Yesus Kristus wus rawuh dadimanungsa, iku asale saka ing Allah. 3Lansadhengah roh kang ora ngakoni Gusti Yesus,iku asale ora saka ing Gusti Allah. Roh ikurohin Anti-Kristus, kang wus padha kokrunguwartane yen bakal teka, lan samengko wusana ing jagad. 4He, anak-anakku, kowe ikupadha saka ing Allah lan wus padha ngalahakepara wong kang padha mindha-mindha nabiiku mau, amarga Roh kang dumunung ingkowe iku ngungkuli roh kang dumunung

Page 1008: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 YOKANAN 4.5–12 11

ana ing jagad. 5Wong iku asale padha sakaing jagad, mulane kang diucapake iku iyaprakara kadonyan, lan jagad iku ngrungokakeing pituture. 6Aku iki padha saka ing Allah;wong kang wanuh marang Gusti Allah, ikungrungokake marang aku. Wong kang asaleora saka ing Gusti Allah iku ora ngrungokakemarang aku. Iya mangkono iku titikane Rohkayekten karo roh panasaran.

Allah iku katresnan

4:7-217Para kekasih, payo kita padha tresna-

tinresnan, amarga katresnan iku pinangkanesaka ing Gusti Allah, lan sok wonga kangnindakake katresnan, iku laire saka ing GustiAllah lan wanuh karo Gusti Allah. 8Sapa kangora nindakake katresnan, iku ora wanuh karoGusti Allah, ujer Gusti Allah iku katresnan.9Sihe Gusti Allah iku kababarake ana ingantara kita, iya iku dene Gusti Allah wusngutus Kang Putra ontang-anting ngrawuhijagad supaya kita padha urip marga deningPanjenengane. 10Katresnan iku mangkene:Dudu kita kang wus padha tresna marangGusti Allah, nanging Gusti Allah kang wusnresnani kita lan wus ngutus Kang Putraminangka pangruwating dosa kita. 11He, parakekasih, sarehne nganti samono anggoneGusti Allah ngasihi marang kita, dadine kita ikiiya padha kawajiban tresna-tinresnan. 12Oraana wong kang tau ndeleng marang Gusti

Page 1009: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 YOKANAN 4.13–20 12

Allah. Manawa kita padha tresna-tinresnan,Gusti Allah tetep ana ing kita, lan sihe ikusampurna ana ing kita.13Anggon kita sumurup yen kita padha tetep

ana ing Panjenengane, lan Panjenenganeana ing kita, iya iku dene kita wus padhakapanduman Rohe. 14Anadene aku iki wuspadha ndeleng lan nekseni yen Sang Ramawus ngutus Sang Putra dadi Pamartaningjagad. 15Kang iku sing sapa ngakoni yen GustiYesus iku Putrane Gusti Allah, Gusti Allahtetep ana ing wong iku, lan wong iku ana ingGusti Allah. 16Kita iki wus padha nyumurupilan pracaya marang sihe Gusti Allah marangkita. Gusti Allah iku katresnan, lan sapa kangngantepi ing katresnan, iku tetep ana ing GustiAllah, lan Gusti Allah ana ing wong iku.17Sihe Gusti Allah iku sampurna ana ing kita,

iya iku manawa kita padha tatag ing pracayabesuk in dinane pangadilan, awit kita iyaana ing donya kene kayadene Panjenengane.18Katresnan iku ora kadunungan rasawedi, katresnan kang sampurna iku malahmbengkas rasa wedi, amarga wedi ikungandhut paukuman, lan wong kang wediiku ora sampurna katresnane. 19Anggon kitapadha tresna iku, amarga Gusti Allah wusngasihi marang kita luwih dhisik. 20Manawaana wong kang muni: “Aku tresna marangGusti Allah,” mangka sengit marang sadulure,iku wong goroh. Awit wong kang ora tresnamarang sadulure kang kasat mripat, kapriyeanggone bisa tresna marang Gusti Allah kang

Page 1010: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 YOKANAN 4.21–5.6 13

ora katon? 21Karodene dhawuh timbalan ikioleh kita iya saka Panjenengane: Sapa kangtresna marang Gusti Allah, iku iya kudu tresnamarang sadulure uga.

Pracaya iku ngasorake donya

5:1-5

51Sok wonga kang pracaya, manawa GustiYesus iku Sang Kristus, iku laire saka

ing Gusti Allah, lan sok wonga kang tresnamarang kang mutrakake, iku iya tresnamarang kan diputrakake. 2Anggon kita padhanresnani para putraning Allah, iku titikaneyaiku manawa kita padha tresna marangGusti Allah lan netepi ing pepakone. 3Amargakatresnan marang Gusti Allah iku wujudeyaiku, yen kita padha netepi ing pepakone.Pepakon-pepakone iku ora abot, 4amargasadhengah apa kang laire saka ing Allah ikungalahake jagad. Anadene kaunggulan kangngalahake jagad iku yaiku pracaya kita. 5Sapata kang ngalahake jagad, kajaba wong kangpracaya, manawa Gusti Yesus iku PutraneGusti Allah?

Paseksen bab Putraning Allah

5:6-126 Iya iki kang rawuhe sarana banyu lan

getih, yaiku Gusti Yesus Kristus, ora mungkalawan banyu bae, nanging kalawan banyulan getih. Dene Roh iku kang paring paseksen,

Page 1011: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 YOKANAN 5.7–14 14

amarga Roh iku kayekten. 7Awit ana telu kangpadha jumeneng dadi seksi (ana ing swarga:Sang Rama, Sang Sabda lan Roh Suci. Sartakatelune iku dadi siji. 8Lan uga ana telu kangdadi seksi ana ing bumi). Roh, banyu lan getihlan telu-telune iku padha dadi siji. 9Manawakita padha nganggep marang paseksenemanungsa, paseksene Gusti Allah iku ngluwihi,amarga iya mangkono iku paseksene GustiAllah, kang diparingake ing ngatase KangPutra. 10Sapa kang pracaya marang PutraningAllah, iku nduweni paseksen mangkono ana ingbatine. Sapa kang ora pracaya marang GustiAllah, iku dadine nganggep Panjenenganedora, amarga ora ngandel marang paseksenkang wus dilairake dening Gusti Allah babing ngatase Kang Putra. 11Anadene kangdadi paseksene: Kita wus padha kaparinganurip langgeng dening Gusti Allah, lan urip ikudumunung ana ing Kang Putra. 12Sapa kangnduweni Sang Putra, iku nduweni urip. Sapakang ora nduweni Putraning Allah, iku oranduweni urip.

Kawruh bab urip langgeng

5:13-2113Anggonku nulis prakara iki mau kabeh

marang kowe iku, supaya kowe kang padhapracaya marang asmane Putraning Allahpadha sumurupa, yen kowe kabeh iku padhanduweni urip langgeng. 14Anadene anggonkita tatag ing pracaya marang Gusti Allah iku

Page 1012: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

1 YOKANAN 5.15–21 15

jalaran manawa kita padha nyuwun apa-apamarang Panjenengane, kang nyondhongiing karsane, mesthi disembadani. 15Mangkamanawa kita padha sumurup yen Gusti Allahnyembadani marang panyuwun kita tumrapapa bae, dadine kita padha sumurup uga, yenkita wus tampa apa kang kita suwun marangPanjenengane.16Manawa ana wong kang weruh sadulure

nglakoni dosa, yaiku dosa kang ora nekakakepati, iku ndedongaa marang Gusti Allah,temah Panjenengane bakal maringi uripmarang dheweke, yaiku kang padha gawedosa kang ora nekakake pati. Ana dosa kangnekakake pati: yen tumrap iku, aku ora akonndongakake. 17Sakabehing piala iku dosa,nanging ana dosa kang ora nekakake pati.18Kita sumurup, yen sok wonga kang lairesaka ing Allah iku ora gawe dosa, nangingmalah kaayoman dening Panjenengane, kangmiyos saka ing Allah, temah ora bisa kagepokdening si pangawak dursila. 19Kita sumurup,yen asal kita saka ing Allah, lan sajagad kabehkawengku ing pangawak dursila. 20Nangingkita padha sumurup, yen Putraning Allah wusrawuh sarta wus maringi pangreten marangkita, supaya kita padha wanuh marang KangSajati. Lan kita dumunung ana ing KangSajati, ana ing patunggilane Kang Putra GustiYesus Kristus, Panjenengane iku Allah Sajatilan gesang kang langgeng.21He, anak-anakku, sing padha waspada

marang sakehe brahala.

Page 1013: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 YOKANAN

Salam

1-3

11Saka pinituwa tumekaa marang ibu kangpinilih lan anak-anake kang padha banget

daktresnani, lan ora ngemungake aku baekang nresnani kowe kabeh, nanging dalahsakehe wong kang wus padha ngawruhi ingkayekten, 2marga saka kayekten kang tetepdumunung ana ing kita lan bakal nunggal karokita nganti salawas-lawase. 3Sih-palimirma,rahmat lan tentrem-rahayu bakal nunggalkalawan kita saka Gusti Allah Sang Rama lanSaka Gusti Yesus Kristus, Putrane Sang Rama,sajroning kayekten lan katresnan.

Pepeling supaya ngantepipiwulange Sang Kristus

4-114Banget bungahing atiku dene aku

nyumurupi, manawa saparoning anak-anakmupadha urip ana ing sajroning kayekten, cocogkaro pepakon kang wus kita tampani sakaSang Rama. 5Dene ing samengko panjalukkumarang kowe, ibu, -- ora kok kaya-kaya akunulis pepakon anyar marang kowe, nangingmiturut pepakon kang wus kita duweni

Page 1014: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 YOKANAN 1.6–12 2

wiwit-wiwitan mula -- supaya kita padhatresna-tinresnanana. 6Dene katresnan ikuyaiku: urip kita kudu manut ing pepakone.Dene pepakon iku yaiku, kaya anggonmu wuspadha krungu ing wiwitan mula, supaya kowepadha urip ana ing sajroning katresnan.7Awit wus akeh juru panasaran kang padha

jumedhul lan ndlajahi jagad kabeh, kangora ngakoni manawa Gusti Yesus wus rawuhdadi manungsa. Iku si juru panasaran lanAnti-Kristus. 8Padha diwaspada, supaya koweaja nganti kelangan apa kang wus padhadakgarap, nanging supaya genepa anggonmupadha nampani ganjaran. 9Sok wonga kangora ngantepi ing piwulange Sang Kristus,nanging nyimpang saka iku, iku ora nduweniGusti Allah. Sok wonga kang ngantepi ingpiwulang iku nduweni Sang Rama lan SangPutra pisan. 10Manawa kowe padha katekananwong kang ora nggawa piwulang iki, iku ajakoktampani ana ing omahmu, lan aja kokulukisalam. 11Awitdene sapa akng nguluki salamwong iku, iku kalepetan ing panggawene ala.

Panutup

12-1312Sanadyan akeh kang prelu daktulis ing

layang marang kowe iki, mung bae karepkuaja lantaran dluwang lan mangsi, nangingpangarep-arepku bakal nekani kowe, banjurrerasanan adu arep karo kowe kabeh, supayabungah kita bisa katog.

Page 1015: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

2 YOKANAN 1.13 313Salam saka anak-anake sadulurmu kang

pinilih marang kowe kabeh.

Page 1016: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

3 YOKANAN

Salam

1-4

11Saka pinituwa tumekaa marang Gayuskang kekasih, kang daktresnani ing

sajroning kayekten.2He kekasihku, pandongaku muga kowe

ginanjara slamet lan bagas kawarasan ingsakabehe, dikaya nyawamu iya slamet.3Awit aku bungah banget nalika ana sadulursawatara teka, nekseni ing bab anggonmuduwe laku manut ing kayekten, sabab lakumupancen manut ing kayekten. 4Tumrape akuora ana kabungahan kang gedhene ngluwihianggonku krungu, manawa anak-anakkupadha urip ana ing kayekten.

Tulung-tinulung lan cecongkrahan

5-125He, sadulurku kang kekasih, kowe tumindak

ngetrepi anggonmu dadi wong pracaya,samangsa kowe nindakake samubarangtumrap para sadulur, sanadyan iku padhawong liya bangsa. 6Wong-wong iku ana ingngarepe pasamuwan wus padha nekseniing bab katresnanmu. Becik temenanpanggawemu marang wong iku, manawa

Page 1017: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

3 YOKANAN 1.7–12 2

padha koktulungi lakune, kanthi patrap kangndadekake keparenge Gusti Allah. 7Awitanggone padha lelungan iku marga saka KangAsma ora nganggo nampani apa-apa sakawong-wong kang ora wanuh marang GustiAllah. 8Kang iku kita iki padha kawajibannampani wong-wong kang kaya mangkonoiku, supaya kita padha dadia rewang ing gawekang lumadi marang ing kayekten.9Aku wus nulis sathithik ana ing layangku

marang pasamuwan, nanging Dhiotrefes,kang ngarah dadi pangarep ana ing antarane,iku ora maelu marang aku. 10Mulane besuksatekaku bakal dakwelehake kang dadipanggawene, anggone crewet ngala-ala kanthitembung-tembung kang kasar marang akukabeh, lan ora trima mangkono bae, malahnganti dheweke dhewe ora mung ora gelemnampani marang para sadulur kang teka bae,nanging sapa kang arep nampani wong-wongmau padha dicegah, sarta disebratake sakaing pasamuwan.11He, sadulurku kang kekasih, aja nulad

marang kang ala, nanging nulada kang becik.Sapa kang gawe becik, iku asale saka Allah,nanging sapa kang gawe ala, iku ora tau weruhmarang Allah. 12Dhemetrius wus diseksenibecik dening wong kabeh, malah kaseksenandening kayekten dhewe. Lan maneh akukabeh iya padha aweh paseksen becik tumrapdheweke, lan kowe weruh, yen paseksenkuiku nyata.

Page 1018: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

3 YOKANAN 1.13–14 3

Panutup

13-1513Akeh pitutur kang kudu daktulis ing

layangku marang kowe, nanging aku oragelem nulis nganggo mangsi lan pen.14Pangarep-arepku enggal bakal nemonikowe, lan padha rerasanan adu arep. (1-15)Tentrem-rahayu anaa ing kowe. Salam sakapara mitramu. Salam pandongaku marangsawiji-wjine para mitra.

Page 1019: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YUDAS

Salam

1-2

11Saka Yudas, abdine Gusti Yesus Kristussarta sadulure Yakobus, marang para kang

katimbalan, kang kinasih ana ing Allah SangRama sarta kang padha sinengker kagem GustiYesus Kristus. 2Rahmat lan tentrem-rahayuapadene sih ngluberana kowe kabeh.

Paukuman tumrap para juru panasaran

3-163He para kekasih, sarehne banget anggonku

mbudidaya nulis layang marang kowe babkarahayon kita kabeh, mulane aku rumangsakadereng nulis iki lan mituturi kowe, supayapadha tetepa perang mbelani iman kang wiskapasrahake marang para suci. 4Amargaana sawenehing wong kang padha nlusuping satengahmu, yaiku wong kang wis suwepadha pinesthekake bakal kaukum: para wongduraka kang migunakake sih-rahmate Allahkita kanggo mblunthah, sarta kang nyelakimarang Panguwasa Tunggal lan Gusti kita,Gusti Yesus Kristus.5Nanging sanadyan kowe wis padha ngreti

sarta ora mangu-mangu tumrap iku kabeh,

Page 1020: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YUDAS 1.6–11 2

aku kapengin ngelingake kowe, manawaPangeran iku pancen ngentasake umatkagungane saka ing tanah Mesir, nangingsabanjure numpes kang padha ora pracaya.6Anadene Panjenengane nahan malaekatkang ora padha netepi wates-watesingpanguwasane, nanging padha ninggal papanpadunungane, srana blenggu kang langgengana ing pepeteng nganti tekaning pangadilaning dina gedhe, 7 iya kayadene Sodom lanGomora sarta kutha-kutha ing saubenge,kang carane laku jina padha kaya mangkonoiku sarta padha mburu kamareman kangora lumrah, anggone wus padha kasiksa inggeni langgeng, minangka pepeling tumrapsakabehing manungsa.8Ewadene wong kang padha ngimpi-impi

kaya mangkono iku njemberake badanesarta ngremehake panguwasaning Allah sartanyenyamah sakehing kamulyan. 9NangingSang Mikhael, panggedhening para malaekat,nalika padudon karo Iblis bab layoneNabi Musa, ora wani ngetrapake tembungpanyenyamah, mung ngucap mangkene,“Kowe muga didukanana dening Pangeran10Mangka wong-wong iku padha nyenyamahmarang kang ora disumurupi malah kangdisumurupi saka watake dhewe, kaya patrapekewan kang tanpa budi, iku kang njalarikarusakane. 11Bilai wong-wong iku, sababpadha mulad lakune Kain lan nyemplunging panasarane Bileam, marga saka mburuopah, sarta padha tumpes, marga saka

Page 1021: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YUDAS 1.12–16 3

anggone mbalela kayadene Korakh. 12Wongiku padha dadi blentong ana ing bujananingkatresnanmu, samangsa melu kepungan,ora duwe isin, melu mbruwah mburu enakedhewe. Wong iku padha kaya mega kan tanpabanyu kang kabur katut ing angin; prasasatwit-witan kang ora metokake woh ing mangsagogrog godhonge, kaya wit-witan kang solsaoyod-oyode sarta kang mati kaping pindho.13Prasasat ombaking sagara kang mawalikan,kang ngunthukake kanisthane dhewe, padhakaya lintang-lintang kang wus kacawisanpanggonan ana in jagading pepeteng langgengsalawase.14Mungguh ing wong-wong iku, iya wis ana

pamecane Sang Henokh, turun kang kapitusaka Bapa Adam, wiraose: “Lah Pangeranrawuh ginarebeg ing abdine para suci puluhanewu 15karsa nindakake pangadilan tumrapwong kabeh, sarta matrapi paukumanmarang sakehing pratingkah mblasar kangpadha dilakoni, sarta jalaran saka sakehingtembung kang nistha, kan diucapakedening para wong dosa kang mblasar ikumarang Pangeran.” 16 Iku wong kang padhagrundelan lan ora nrima ing pepesthen,urip nuruti hawa-nepsu, nanging cangkemepadha ngucapake tembung-tembung kangngayawara, ngonggrong wong, supaya olehkauntungan.

Page 1022: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YUDAS 1.17–23 4

Pepeling kanggo nyantosakake pracaya

17-2317Nanging kowe iku, para kekasih, padha

elinga marang pangandika kang dhek biyenwis kawedharake marang kowe kabehdening para rasule Gusti Yesus Kristus.18 Jalaran kowe wis padha dipangandikani:“Besuk ngarepake jaman wekasan bakal anajuru pamoyok, kang lakune padha ngujahawa-nepsune kang mblasar.” 19Wong ikukang padha njalari cecongkrahan, kang mungdikuwasani dening pepenginan-pepenginaning donya iki, lan uripe ora kadunungan RohSuci. 20Nanging kowe para kekasih, padhambanguna awakmu dhewe, kadhasaranapracayamu kang suci pinunjul, sartandedongaa ana ing patunggilane Sang RohSuci. 21Padha rumeksaa marang awakmudhewe mangkono, ana ing sajroning siheGusti Allah, kalawan nganti-anti marangsih-rahmate Gusti kita Yesus Kristus, tmujuing urip langgeng. 22Welasana wong-wongkang isih mangu-mangu. 23Wong iku padhaentasna srana karebut saka ing geni. Nangingketokna welas-asihmu kakanthenan wedi, ugamarang wong liya, sarta padha sengita marangsandhangane wong-wong kang kajemberakedening pepenginan-pepenginaning daging.

Page 1023: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

YUDAS 1.24–25 5

Panutup

24-2524Panjenengane kang kuwasa ngreksa

marang kowe kabeh, supaya padha orakesandhung sarta mrenahake kowe kalawantanpa cacad ana ing ngarsaning kamulyanekanthi sukarena. 25Gusti Allah kang sawiji,Pamarta kita, marga dening Gusti YesusKristus Gusti kita, iku kang sayogya kagungankamulyan, kaluhuran, kasantosan sartapanguwaos, sadurunge dumadine jaman lansaiki sarta nganti salawase. Amin.

Page 1024: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU

Purwaka

1:1-3

11 Iki wahyune Gusti Yesus Kristus, kangkaparingake dening Gusti Allah marang

Panjenengane, supaya katedahake marangpara abdine bab apa kang pinasthi bakalenggal kalakon. Sarta Panjenengane wusmedharake bab iku marang Yokanan abdine,lumantar malaekat utusane. 2 Yokanan wusnekseni bab pangandikane Gusti Allah lanbab paseksen kang kaparingake dening GustiYesus Kristus, yaiku sabarang apa kang wusdideleng. 3 Rahayu wong kang macakake lanpara wong kang ngrungokake pangandikapamedhar wangsit iki sarta kang netepi apakang katulisan ing jerone, awit wektune wiscedhak.

Salam marang pasamuwan pitu

1:4-84 Saka Yokanan marang pasamuwan pepitu

kang ana ing tanah Asia-Cilik: Sih-rahmat lantentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh, sakaPanjenengane, kang ana lan kang wus anasarta kang bakal rawuh, apadene saka rohpepitu kang padha ana sangareping dhampar,

Page 1025: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 1.5–10 25 sarta maneh saka Gusti Yesus Kristus, Seksikang setya, kang dhisik dhewe wungu sakaing antarane wong mati lan kang nguwaosisakehing ratu ing bumi iki.Panjenengane, kang ngasihi kita lan kang

wus mbirat dosa kita kalawan rahe, -- 6 lankang wus ngangkat kita dadi sawijiningkarajan, padha dadi imam sumaos marangGusti Allah, kang Rama, -- iya kagemPanjenengane iku kamulyan lan panguwasanganti ing salawas-lawase. Amin.

7 Kawruhana, Panjenengane rawuh nitihmega lan saben mripat bakal ndelengPanjenengane, dalah wong kang wus padhanyubles Panjenengane. Sarta sakehing bangsaing salumahing bumi bakal sambat-sambatmarga saka Panjenengane. Iya, Amin.

8 “Ingsun iki Sang Alfa lan Sang Omega,Pangandikane Gusti Allah kang ana, lankang wus ana, sarta kang bakal rawuh, kangMahakuwasa.”

Kang dipirsani Rasul Yokananana ing Pulo Patmos

1:9-209 Aku, Yokanan, sadulur lan panunggalanmu

ing sajroning kasusahan, ing sajroning Karajansarta ing sajroning kamantepan nganti-antimarang Gusti Yesus, lagi ana ing pulo kangaran Patmos marga saka pangandikane GustiAllah lan paseksen kang kaparingake deningGusti Yesus. 10 Mbeneri ing dinane Gusti, aku

Page 1026: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 1.11–19 3

linimputan ing Roh lan aku krungu swaraseru ana ing buriku kaya unine kalasangka,11 pangandikane: “Apa kang sira deleng,iku tulisana ing kitab lan kirimna marangpasamuwan pepitu iki: marang Efesus,marang Smirna, marang Pergamus, marangTiatira, marang Sardhis, marang Filadhelfia lanmarang Laodhikia.”

12 Aku tumuli noleh arep meruhi swara kangmangandikani aku iku. Lan sawuse noleh,sumurup ana padamaran mas pitu. 13 Sartaing tengah-tengahe padamaran pitu mauana kang madha warna Putraning Manungsa,ngagem jubah kang dawane nganti klengsrehtekan ing sampeyane, lan jajane apaningsetemas. 14 Mustaka lan remane putih kaya wuluwedhus gembel, lan tingale kaya urubing geni.15 Sampeyane kaya tembaga mengangah ingsajroning prapen; swarane kaya gumrojogingbanyu akeh. 16 Astane kang tengen ngastalintang pitu sarta tutuke ngetokake pedhangkang landhep kiwa-tengen, wedanane sumorotsumelet kaya srengenge.

17 Nalika weruh Panjenengane, aku tumuliambruk ana ing ngarsaning sampeyane kayawong mati; nanging aku banjur ditumpangiastane kang tengen, banjur ngandika, “Ajawedi! Ingsun iki Kang Wiwitan lan KangWekasan, 18 lan Kang Gesang, Ingsun wusseda, nanging wruhanira, Ingsun gesangnganti salawas-lawase apa maneh Ingsunngasta sakabehing kuncine pati lan kratonepati. 19 Marga saka iku tulisana apa kang

Page 1027: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 1.20–2.5 4

wus sira deleng, iya kang kalakon ingsamengko tuwin kang bakal kalakon ingtembe. 20 Mungguh wadine lintang pitu kangsira deleng ana ing astaningSun tengenlan padamaran mas pitu iku mangkene:Lintang pitu ikumalaekate pasamuwan pitu lanpadamaran mas pitu iku pasamuwan pepitu.”

Marang pasamuwan ing Efesus

2:1-7

21 “Sira nulisa marang malaekatepasamuwan ing Efesus: Iki pangandikane

kang ngasta lintang pepitu ing astanetengen lan kang mlampah-mlampah ingantarane padamaran mas pepitu iku. 2 Ingsunngudaneni sakehing panggawenira: iyamarang rekasanira iya marang kaantepanira.Ingsun ngudaneni, manawa sira ora bisanyabari para wong duraka, lan manawa sirawus ndadar wong-wong kang ngaku-aku rasul,mangka ing sanyatane dudu, manawa sirawus meruhi manawa iku padha tukang goroh.3 Apa maneh sira tetep sabar sarta nandhangsangsara marga saka AsmaningSun; lan siraora tau ngrasa sayah. 4 Sanadyan mangkonosira Ingsun waoni, dene sira wus ninggalkatresnanira kang kawitan. 5 Kang iku siraelinga sapira jerone anggonira keplorod!Mula mratobata sarta nglakonana kayapanggawenira kang sakawit. Manawa oramangkono, Ingsun mesthi bakal ngrawuhi sira,sarta Ingsun bakal mundhut padamaranira

Page 1028: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 2.6–11 5

saka ing panggonane, manawa sira oramratobat. 6 Nanging iki kang dumunung ingsira, yaiku dene sira nyengiti panggawene parapanganute Nikolaus, kang uga Ingsun sengiti.

7 Sapa sing duwe kuping, ngrungokna apakang dipangandikakake dening Sang Rohmarang pasamuwan-pasamuwan.Sing sapa unggul, iku bakal Sunparingi

mangan wohe wit panguripan kang ana ingPatamanane Pirdus Gusti Allah.”

Marang pasamuwan ing Smirna

2:8-118 “Lan nulisa marang malaekate pasamuwan

ing Smirna: Iki pangandikane Sang Awallan Sang Akhir, kang wus seda lan gesangmaneh: 9 Ingsun ngudaneni ing kasusahaniralan kamlaratanira, -- ananging sira sugih --apadene pangala-alane wong kang ngaku-akuwong Yahudi, mangka sanyatane dudu; denesatemene wong-wong iku paguyubane Iblis.10 Sira aja wedi ing sadhengaha kasangsarankang kudu sira sangga! Lah sanyataneIblis bakal nglebokake wong sawatarapanunggalanira marang ing pakunjaransupaya sira kadadara sarta sira bakal katamaning kasusahan sapuluh dina lawase. Siradisetya tuhu nganti tumeka ing pati, temahbakal Sunganjar makuthaning kauripan.11 Sing sapa duwe kuping, ngrungokna apakang dadi pangandikane Sang Roh marangpasamuwan-pasamuwan:

Page 1029: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 2.12–17 6

Sing sapa unggul, iku bakal ora nandhangsusah ana ing pati kang kapindho.”

Marang pasamuwan ing Pergamus

2:12-1712 “Lan nulisa marang malaekate pasamuwan

ing Pergamus: Iki pangandikane kang ngastapedhang landhep kiwatengen: 13 Ingsunngudaneni ana ing ngendi panggonanira,iya iku ing panggonane dhampare Iblis;ewadene sira ngugemi asmaningSun, sartaora nyelaki pracayanira marang Ingsun, ugaora ing nalika jamane Antipas, seksiningSun,kang setya marang Ingsun kang dipateniana ing ngarepira, ing padunungane Iblis.14 Ananging sira ana sawatara kang Sunwaoni;ing antaranira ana sawatara kang padhangugemi piwulange Bileam, kang ngajaniBalak supaya njlomprongake wong Israel,supaya padha mangana sesajene brahala sartalaku jina. 15 Mangkono uga ing antaranira anakang padha ngugemi piwulange panganuteNikolaus. 16 Marga saka iku sira mratobata!Manawa ora mangkono, Ingsun bakaldumrojog ngrawuhi sira sarta Ingsun bakalnempuh perang marang wong-wong maukalawan pedhang kang ana tutukingSun iki.

17 Sapa kang duwe kuping, ngrungokna apakang dadi pangandikane Sang Roh marangpasamuwan-pasamuwan:Sing sapa unggul, bakal Sunparingi mangan

mana kang piningit, sarta Sunganjar watu

Page 1030: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 2.18–23 7

putih, kang ing dhuwure katulisan jenenganyar, kang ora kawruhan ing wong, kajabakang nampani.”

Marang pasamuwan ing Tiatira

2:18-2918 “Lan nulisa marang malaekate pasamuwan

ing Tiatira: Iki pangandikane putraning Allah,kang tingale kaya urubing geni lan sampeyanekaya tembaga: 19 Ingsun ngudanenipanggawenira kabeh: iya katresnanira,iya pracayanira, apadene pangabdinira lankaantepanira. Ingsun nguningani, manawapanggawenira kang wekasan iku ngluwihikang wiwitan. 20 Nanging sira Sunwaoni,amarga sira ngumbar Izebel, wong wadonkang ngaku-aku nabi, memulang lan nasarakepara abdiningSun supaya laku jina lanmangan sesajene brahala. 21 Lan Ingsunwus paring inah marang wong mau supayamratobata, nanging ora gelem mratobatsaka anggone laku jina. 22 Wruhanira, wongiku bakal Sungluntungake ing paturon,Sundadekake lara lan para kang laku jina karowong mau bakal Suntempuh ing sangsaragedhe, manawa padha ora mratobat marenipratingkahe iku. 23 Apadene anak-anakebakal padha Suntumpes. Temahan sakehepasamuwan bakal padha sumurup yen Ingsuniki kang nupiksani batin lan atining manungsa.Sarta Ingsun bakal males marang sawiji-wijinepanunggalanira miturut sapanggawenira.

Page 1031: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 2.24–3.2 824 Nanging sira, iya iku wong-wong liyanekang ana ing Tiatira, kang ora ngugemipiwulang iku, lan kang ora nyinau ingwadi-wadining Iblis, kayadene anggonengarani, iku Sundhawuhi mangkene: Ingsunora karsa ngetrapi momotan liyane marangsira. 25 Nanging apa kang sira duweni ikukukuhana nganti sarawuhingSun.

26 Dene sing sapa unggul lan nindakakeayahaningSun nganti tumeka ing wekasan,iku bakal Sunganjar panguwasa mengkupara bangsa, 27 lan iku bakal padha direhkalawan teken wesi; sarta wong-wong ikubakal karemuk kaya grabah, -- padha kayakang Ingsun tampeni saka RamaningSun --,28 apadene bakal Sunganjar lintang panjeresuk.

29 Sapa sing duwe kuping, ngrungokna apakang dadi pangandikane Sang Roh marangpasamuwan-pasamuwan.”

Marang pasamuwan ing Sardis

3:1-6

31 “Sira nulisa marang malaekatepasamuwan ing Sardis: Iki pangandikane

kang kagungan Rohe Allah pitu lan lintangpitu iku: Ingsun ngudaneni ing panggawenirakabeh; sira kaaranan urip, mangka satemenemati! 2 Sira tangia, lan nyantosakna apakang isih kari kang wus ngarepake mati,awit panggawenira iku ora ana siji-sijia kangsampurna ana ing ngarsane AllahingSun.

Page 1032: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 3.3–8 93 Kang iku sira elinga, kapriye anggoniranampani lan krungu; iku tetepana lanmratobata! Jalaran manawa sira ora jumaga,Ingsun bakal ngrawuhi sira kaya maling,sarta sira ora bakal sumurup wayah apaanggoningSun ngrawuhi sira. 4 Nanging ingSardis kono uga ana wong sawatara kangora ngregedi sandhangane; wong-wong ikubakal ndherek ing satindakingSun kalawanmanganggo putih, marga wus padha sembada.

5 Sing sapa unggul, iku bakal dienggonisandhangan putih kaya mangkono; lanjenenge mesthi bakal ora Sunbirat saka ingbuku kauripan, sarta jenenge bakal Sunakeniana ing ngarsane RamaningSun lan ingngarepe para malaekate.

6 Sing sapa duwe kuping, ngrungokna apakang dadi pangandikane Sang Roh marangpasamuwan-pasamuwan.”

Marang pasamuwan ing Filadhelfia

3:7-137 “Lan sira nulisa marang malaekate

pasamuwan ing Filadhelfia: Iki pangandikaneSang Suci, Sang Sajati, kang ngastakuncine Dawud; samangsa Panjenenganengengakake, ora ana kang bisa nutup,samangsa Panjenengane nutup, ora ana kangbisa ngengakake. 8 Ingsun ngudaneni sakehingpanggawenira. Sira wus Sunwengani lawangkang ora bisa kainebake dening wong. Ingsunmirsa manawa kakuwatanira ora sapiraa,

Page 1033: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 3.9–13 10

nanging sira netepi pangandikaningSunsarta ora nyelaki asmaningSun. 9 Wruhanira,wong sawatara panunggalaning paguyubaneIblis, yaiku kang padha ngaku-aku Yahudi,mangka sajatine dudu, nanging goroh, ikubakal Sunpasrahake marang sira. Sanyatanewong iku bakal Suntekakake, supayapadha sumungkem ana ing ngarepe sikilirasarta padha ngakoni, yen Ingsun ngasihisira. 10 Sarehne sira wus netepi marangpangandikaningSun, supaya kalawan sabarmantep nganti-anti marang Ingsun, mulaneIngsun iya bakal ngreksa sira ing dina pacobankang bakal nekani ing sajagad kabeh kanggondadar wong kang padha manggon ing bumi.11 Ingsun bakal dumrojog rawuh. Apa kangsira duweni iku kukuhana, supaya aja anawong kang ngepek makuthanira.

12 Sing sapa unggul, iku bakal Sundadekakesaka-guru ana ing Padaleman SuciningAllahingSun, lan ora bakal metu manehsaka kono; karodene bakal Suntulisi asmaneAllahingSun, araning kuthaning AllahingSun,yaiku Yerusalem anyar, kang tumurun saka ingswarga saka AllahingSun, sarta asmaningSunkang anyar.

13 Sapa kang duwe kuping, ngrungokna apakang dadi pangandikane Sang Roh marangpasamuwan-pasamuwan.”

Page 1034: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 3.14–20 11

Marang pasamuwan ing Laodhikia

3:14-2214 “Lan sira nulisa marang malaekate

pasamuwan ing Laodhikia: Iki pangandikaneSang Amin, Seksi kang setya tuhu lan sajati,kang murwani titahing Allah: 15 Ingsunngudaneni ing sakehing panggawenira, yensira iku ora adhem lan ora panas. Saiba becikesaupama sira adhem utawa panas. 16 Kang ikusarehne sira iku manget-manget, ora adhemora panas, mulane Ingsun bakal nglepehsira saka ing tutukingSun. 17 Sarehne siraduwe ujar: Aku iki sugih lan aku wus ngudikasugihan sarta ora kekurangan apa-apa,apa maneh marga sira ora sumurup, yen siraiku mlarat, lan memelas, wuta lan kawudan,18 mulane Ingsun mituturi sira, supaya siratukua mas kang binesot ing geni marangIngsun, supaya sira dadia sugih; lan ugasandhangan putih, supaya sira manganggoa,temah aja nganti katon anggonmu wuda,kang ngisin-isini; apadene lenga kang kagawemblonyohi mripatira, supaya bisa ndeleng.19 Sapa wong kang Sunkasihi iku Sunwelehakelan Sunrangket; marga saka iku sing sumarahlan mratobata!

20 Wruhanira, Ingsun jumeneng ana ngareplawang sarta thothok-thothok; manawaana wong kang krungu suwaraningSun lanngengani lawang, Ingsun bakal lumebet

Page 1035: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 3.21–4.5 12

manggihi lan bujana bebarengan karo wongiku lan wong iku karo Ingsun.

21 Sing sapa unggul, iku bakal Sunwenangakelungguh kalawan Ingsun ana ingdhamparingSun, padha kaya Ingsunuga wus unggul lan banjur lenggah kalawanRamaningSun ana ing dhampare.

22 Sing sapa duwe kuping, ngrungokna apakang dadi pangandikane Sang Roh marangpasamuwan-pasamuwan.”

Pinituwa patlikur lan makluk papat

4:1-11

41 Sawuse mangkono aku weruh: Lah,lawanging swarga ana kang menga

sarta ana swara kang wus dakrungu biyen,ngandikani aku kaya swarane kalasangka,mangkene: “Sira munggaha mrene bakalSuntedahi apa kang sawuse iki pinesthikalakon ing tembe.” 2 Padha sanalika akukalimputan ing Roh, lah ing swarga anadhampar kapasang, lan ana kang lenggah ingdhampar iku. 3 Kang lenggah ing dhampariku sawangane kaya sesotya yaspis lansardhis; lan ing saubenge dhampar anakluwunge kang katon sumunar kaya jumerud.4 Anadene ing saubenge dhampar mau anadhampare patlikur linenggahan ing pinituwapatlikur, padha mangagem putih sarta ngagemmakutha emas. 5 Saka ing dhampar mau anakilate kang metu lan swara gludhug kanggumleger, lan ing ngarepe dhampar ana obor

Page 1036: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 4.6–11 13

pitu kang padha murub: yaiku Rohe Gusti Allahpepitu. 6 Karodene ing ngarepe dhampar anasagara kaca kristal; ing satengahe dhamparlan ing saubenge ana makluk papat padhakebak mripat ana ing ngarep lan ing buri.7 Dene makluk mau kang kapisan kaya singa,kang kapindho kaya pedhet, kang kateluiku raine kaya manungsa, lan kang kapatekaya manuk garudha mabur. 8 Makluk papatmau siji-sijine ana suwiwine ngenem, ingsaubenge lan ing jerone padha kebak mripat,lan rina-wengi tanpa leren anggone ngucapmangkene:

“Suci, suci, suci Pangeran Allah, ingkangMahakuwasa, ingkang rumiyin wonten,ing samangke wonten, saha ingkangbadhe rawuh.”

9 Anadene makluk mau saben-saben padhangunjukake pamuji lan pakurmatan tuwin pujisokur marang Panjenengane kang lenggahing dhampar lan kang gesang langgeng ingsalawas-lawase, 10 para pinituwa patlikurmau banjur padha sumungkem ana ingngarsane kang lenggah ing dhampar iku, sartasujud marang Panjenengane kang gesanging salawas-lawase. Sarta padha nyelehakemakuthane ana ing sangarepe dhampar ikukalawan munjuk:

11 “Dhuh Pangeran saha Gusti Allahkawula, Paduka ingkang sayogyatampi pamuji sarta kaurmatan sartapanguwaos; amargi Paduka sampunnitahaken samukawis; sarta amargi

Page 1037: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 5.1–7 14

saking karsa Paduka, samukawis punikawonten lan dumados.”

Kitab kang kasegel lan Sang Cempe

5:1-14

51 Aku tumuli sumurup kitab gulunganana ing astane tengen kang lenggah

ing dhampar mau, kang katulisan ing jerolan ing jaba lan disegel nganggo segel pitu.2 Tumuli aku weruh malaekat kang prakosanguwuh-uwuh kalawan swara sora: “Sapakang sembada ngudhari gulungan kitab ikulan ngletheki segele?” 3 Nanging ing swargalan ing bumi tuwin sangisoring bumi, oraana kang bisa ngudhari gulungan kitab mausarta nyumurupi ing sisih jerone. 4 Aku tumulinangis kelara-lara, marga ora ana kang tinemusembada ngudhari utawa nyumurupi sisihjerone gulungan kitab mau. 5 Banjur anapinituwa kang ngandika marang aku: “Koweaja nangis! Lah, Sang Singa kang saka trahYahuda, yaiku sogolane Sang Prabu Dawud,wus unggul, temah bisa ngudhari gulungankitab iku lan ngletheki segele pitu.”

6 Aku banjur sumurup ing satengahe dhamparlan makluk papat iku tuwin ing satengahe parapinituwa mau ana Cempe jumeneng katonekaya wus kasembeleh, singate pitu lan tingalepitu: yaiku Rohe Allah pepitu kang kautusmenyang ing salumahing bumi. 7 Sang Cempemau banjur nyelak sarta nampani kitab mausaka astane tengen kang pinarak ing dhampar.

Page 1038: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 5.8–13 158 Nalika Panjenengane mundhut gulungankitab mau, makluk papat lan pinituwa patlikuriku tumuli sumungkem ana ing ngarsane SangCempe, siji-sijine nyekel clempung lan bokormas, kebak isi menyan; yaiku pandonganepara Suci. 9 Sarta padha ngidungake kidunganyar, tembunge:

“Paduka sembada nampeni gulungankitab punika sarta ngletheki segelipun;amargi Paduka sampun kapragat lansarana rah Paduka, Paduka sampunnebus tiyang-tiyang saking sabengolongan saha basa tuwin bangsa miwahumat kagem Gusti Allah, 10 sarta Padukadadosaken karajan lan imam sumaos ingAllah kita, sarta sami badhe dados ratuwonten ing bumi.”

11 Aku tumuli ndeleng lan krungu swaranemalaekat akeh ing sakubenging dhampar,lan makluk-makluk tuwin para pinituwa;cacahe maleksa-leksa lan maewu-ewu leksa,12 pangucape kalawan swara sora:

“Sang Cempe ingkang sampun kapragatpunika sembada nampeni panguwaos,lan kasugihan, sarta kawicaksanan, sahakakiyatan, tuwin kaurmatan, miwahkamulyan lan pangalembana.”

13 Aku banjur krungu sakehing makluk kangana ing swarga lan ing bumi tuwin sangisoringbumi, sarta ing sagara, apadene kang urip ingjerone, padha ngucap:

“Pangalembana lan kaurmatan,tuwin pamuji sarta kamulyan kagem

Page 1039: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 5.14–6.6 16

Panjenenganipun ingkang lenggah ingdhampar saha Sang Cempe, ngantossalami-laminipun!”

14 Anadene makluk papat iku padha ngucap:“Amin!” Sarta para pinituwa mau padhasumungkem sujud.

Segel nenem wiwit kaklethek

6:1-17

61 Lah aku banjur sumurup Sang Cempeiku nglethek segel kang kapisan saka segel

pitu mau, lan aku krungu makluk papat maukang kapisan ngucap, swarane kaya gludhug:“Mara ndelenga!” 2 Tumuli aku ndeleng: Lah,ana jaran putih, kang nunggang nyekel panahlan nganggo makutha ganjaran. Wong maubanjur maju kaya kang wus unggul banjurngrebut kaunggulan maneh.

3 Lan nalika Sang Cempe iku nglethek segelkang kapindho, aku krungu makluk kangkapindho ngucap: “Mara ndelenga!” 4 Tumuliana jaran liyane maju, ulese abang mbaranangsarta kang nunggang kaparingan panguwasangilangi tentrem-rahayu saka ing bumi,supaya wong padha paten-pinatenan, lan ugakaparingan pedhang gedhe.

5 Lan nalika Sang Cempe iku nglethek segelkang katelu aku krungu makluk kang katelungucap: “Mara ndelenga!” Tumuli aku weruh:lah, ana jaran ireng, kang nunggangi nyekeltimbangan. 6 Aku tumuli krungu ana swara ingtengah-tengahe makluk papat iku tembunge:

Page 1040: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 6.7–13 17

“Gandum sataker sadinar, lan sair telung takersadinar. Ananging aja ngrusakake lenga lananggur iku.”

7 Lan nalika Sang Cempe nglethek segelkang kapat, aku krungu makluk kang kapatngucap: “Mara ndelenga!” 8 Tumuli aku weruh:lah ana jaran ijo-kuning siji sarta kangnunggang jenenge si Pati, lan dietutake deningteleng palimengan. Lan iku padha kaparinganpanguwasa mateni isining jagad saprapatsrana pedhang, pailan sarta pageblug, tuwinkalawan kewan-kewan galak ing bumi.

9 Lan nalika Sang Cempe iku nglethek segelkalima, aku tumuli weruh sangisore misbyahana nyawane para kang wus kapatenan margasaka pangandikane Gusti Allah lan margasaka paseksene. 10 Nyawa-nyawa mau padhanguwuh-uwuh kalawan swara sora: “Ngantospinten laminipun malih, dhuh Sang Kristusingkang Maha Suci sarta Sajati, anggenPaduka boten ngadili saha malesaken rahkawula dhateng tiyang ingkang manggenwonten ing bumi?” 11 Tumuli padha kaparinganjubah putih, sarta kadhawuhan, supaya leremsawatara mangsa engkas nganti tumekasaganeping cacahe para kancane abdi lansadulur-sadulure, kang iya bakal padhadipateni, kaya wong-wong mau.

12 Bareng Sang Cempe nglethek segel kangkanem, aku tumuli weruh: lah ana lindhukang nggegirisi lan srengenge dadi irengkaya kanthong wulu lan rembulan dadi abangmbranang kaya getih. 13 Lan lintang-lintang

Page 1041: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 6.14–7.2 18

ing langit padha rontog marang ing bumi,kaya wit anjir ngrontogake wohe kang isihmentah, manawa katempuh ing angin gedhe.14 Langit tumuli nglunthung kaya kitab sartasakehing gunung lan pulo padha ngalih sakaing panggonane. 15 Para raja ing bumi lanpara panggedhe sarta para prawira, lan parawong sugih sarta para wong kang kuwasa,lan sakehing batur sarta wong mardika padhandhelik menyang ing guwa-guwa lan ingantarane watu-watu karang ing gunung.16 Iku mau kabeh padha calathu maranggunung-gunung lan marang watu parang:“Aku padha jugrugana lan dhelikna supaya ajakauningan ing Panjenengane, kang lenggahing dhampar lan kena ing bebendune SangCempe iku.” 17 Sabab dinaning bebendunekang wingit wus teka, mangka sapa kangkuwasa nadhahi?

Wong Israel kang padha diecapi

7:1-8

71 Sawise iku aku weruh malaekat papatjumeneng ana ing pojoking bumi papat

padha nyandhet angine bumi papat, supayaaja ana angin niyup menyang ing dharatanutawa menyang ing sagara tuwin menyanging wit-witan. 2 Sarta aku ndeleng malaekatliyane njedhul saka ing panggonan mlethekingsrengenge. Panjenengane ngampil cape GustiAllah kang gesang, lan banjur nguwuh kanthiswara seru marang malaekat papat kang

Page 1042: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 7.3–10 19

padha kaparingan kawajiban ngrusak bumi lansagara, 3 tembunge: “Aja ngrusak bumi lansagara utawa wit-witan sadurunge aku padhangecapi para abdine Allahku ing bathuke!”

4 Lan aku krungu cacahe kang padhakaecapan iku: Panunggalane talere Banisraelkabeh kang kaecapan ana satus patang puluhpapat ewu.

5 Saka taler Yahuda kang kaecapan rolasewu,

saka taler Ruben rolas ewu,taler Gad rolas ewu,6 taler Asyer rolas ewu,taler Naftali rolas ewu,taler Manasye rolas ewu,7 saka taler Simeon rolas ewu,taler Lewi rolas ewu,taler Isakhar rolas ewu,8 saka taler Zebulon rolas ewu,taler Yusuf rolas ewu,taler Benyamin rolas ewu.

Wong akeh kang cacahe tanpa wilangan

7:9-179 Sawuse mangkono aku weruh: lah ana

golonganing wong akeh kang cacahe tanpawilangan, saka sakehing bangsa lan talertuwin golongan sarta basa, ngadeg ana ingsangarepe dhampar lan ing ngarsane SangCempe, padha nganggo jubah putih lan nyekelgodhong kurma. 10 Iku padha nguwuh kalawanswara seru:

Page 1043: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 7.11–17 20

“Karahayon punika sayogya kadarbeing Allah kawula ingkang lenggah ingdhampar saha ing Sang Cempe!”

11 Anadene sakehing malaekat padha mapanana ing saubenging dhampar lan parapinituwa tuwin makluk papat iku. Iku padhasumungkem ana ing ngarepe dhampar sartapadha sujud marang Gusti Allah, 12 kalawanmunjuk:

“Amin! Sakathahing puji lan kamulyan,sarta kawicaksanan tuwin panuwun,saha kaurmatan miwah panguwaospunapadene kasekten sayogya kadarbeing Allah kita langgeng salami-laminipun!Amin!”

13 Tumuli ing antarane para pinituwa mau anakang ndangu marang aku: “Sapa kang padhamanganggo jubah putih iku lan pinangkanesaka ing ngendi?” 14 Atur wangsulanku:“Bapak, punika panjenengan ingkang uninga.”Pinituwa mau banjur ngandika marang aku:“Iku para kang luwar saka ing sangsara gedhesarta wus padha ngumbah jubahe ngantiputih ing rahe Sang Cempe. 15 Mulane padhangadhep ana ing ngarepe dhamparing Allah lanpadha ngladosi Panjenengane rina-wengi anaing Padalemane Suci, apadene bakal padhaingauban dening kang lenggah ing dhampariku kalawan tarube, 16 sarta ora bakal padhangelih lan ngelak maneh, tuwin bakal ora kenaing dayaning srengenge utawa ing panas kangsumelet. 17 Amarga bakal padha diengen sartadiirid menyang tuking banyu kauripan dening

Page 1044: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 8.1–5 21

Sang Cempe kang ana satengahing dhampariku, lan Gusti Allah bakal ngusapi sakehe eluhing mripate.”

Pangletheke segel kang kapitu

8:1-5

81 Bareng Sang Cempe iku nglethek segelkang kapitu, ing swarga banjur sidhem

premanem watara satengah jam suwene.2 Tumuli aku weruh malaekat pitu kangngadhep ana ing ngarsaning Allah, padhakaparingan kalasangka pitu.

3 Banjur ana malaekat liyane kang jumenengcedhak misbyah kalawan ngasta padupanmas. Nuli padha kaparingan menyan akehsupaya dianggoa cecaosan bebarengan karopandongane para suci ana ing misbyah maskang ana ing ngarepe dhampar iku. 4 Kukusemenyan kumelun awor karo pandonganepara suci iku saka ing astane malaekat maumarang ing ngarsaning Allah. 5 Malaekat mautumuli mundhut padupan mas iku, diisenigeni saka ing misbyah, lan geni iku banjurdiuncalake marang ing bumi. Tumuli ana swaragumlegering gludhug, bareng lan bledhegsarta lindhu.

Page 1045: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 8.6–12 22

Kalasangka papat kang wiwitan

8:6-136 Malaekat pitu kang ngasta kalasangka pitu

mau banjur padha tata-tata arep ngungelakekalasangkane.

7 Malaekat kang kapisan banjur ngungelakekalasangkane, tumuli ana udan es, lan geni,campur getih; lan kabeh mau katibakake ingbumi; temah sapratelone bumi lan sapratelonewit-witan kobong sarta sakehe suket ijo padhageseng.

8 Malaekat kang kapindho tumuli ngungelakekalasangkane tumuli ana rerupan saempergunung gedhe kang murub, kacegurake ingsagara. Temah sapratelone sagara iku dadigetih, 9 lan titah ing sagara kang duwe nyawasapratelone padha mati tuwin saprateloneprau-prau padha sumyur.

10 Malaekat kang katelu tumuli ngungelakekalasangkane, banjur ana lintang gedhe tibasaka ing langit, murub kaya obor, sarta nibanisapratelon kali-kali lan etuk-etuking banyu.11 Anadene lintang mau jenenge Apsintus.Satemah sapratelone sakehing banyu dadiapsintus, njalari akeh wong kang padha matimarga saka banyu mau, awit wus dadi pait.

12 Malaekat kang kapat banjur ngungelakekalasangkane, nuli sapratelone srengengelan sapratelone rembulan tuwin sapratelonelintang-lintang katempuh, temah saprateloneiku padha dadi peteng, lan sapratelone rina

Page 1046: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 8.13–9.5 23

ora padhang, sarta wengine iya mangkonouga.

13 Aku banjur weruh, lan krungu sawijiningmanuk garudha mabur ing satengahing langitlan ngucap kanthi swara seru: “Bilai, bilai, bilaiwong kang manggon ana ing bumi awit sakaswarane kalasangkane malaekat telu liyane,kang isih bakal ngungelake kalasangkane.”

Kalasangka kan kalima

9:1-12

91 Malaekat kang kalima tumuli ngungelakekalasangkane, aku banjur weruh ana

lintang kang tiba ing bumi saka ing langit, sartalintang mau kaparingan kuncine lawangingteleng palimenganing pati. 2 Tumuli lawangingteleng mau kabukak, banjur ana pega kumelunsaka ing teleng kaya pegane pawon gedhe,temahan srengenge lan awang-awang padhakapetengan dening pegane teleng mau.3 Tumuli pega iku metu walange akeh padhaneba ing bumi lan padha kaparingan dayakayadene dayane kalajengking ing bumi.4 Lan padha kadhawuhan, supaya aja padhangrusak suket-suket ing bumi, utawa marangsadhengaha thethukulan lan wit-witan,kajaba mung marang manungsa kang ingbathuke ora ana cape Gusti Allah. 5 Karodenewalang-walang mau ora diparengake matenimanungsa, ananging mung nyiksa bae lawaselimang sasi, lan anggone nyiksa iku kayapanyiksane kalajengking, samasa ngentup

Page 1047: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 9.6–14 24

wong. 6 Ing mangsa iku wong-wong bakalngupaya pati, nanging ora bisa, lan padhakapengin mati, ananging padha kaoncatan ingpati.

7 Anadene mungguh rupane walang-walangmau kaya jaran kang samekta ing perang, ingendhase ana kang saemper makutha emas,raine kaya raine manungsa, 8 lan rambute kayarambute wong wadon, lan untune kaya untunesinga, 9 lan dhadhane kaya nganggo kere wesi,kumrasaking elare kaya gumrubyuging karetakang digered ing jaran akeh, kang padhamlayu menyang ing paperangan. 10 Buntutekaya kalajengking, lan uga ana entupe, denebuntute iku gunane kanggo milara manungsalawase limang sasi. 11 Anadene kang dadiratune iya iku malaekat panggedheningteleng palimenganing pati, jenenge ing basaIbrani Abadon, lan ing basa Yunani Apolion.12 Kasangsaran kang kapisan wus kliwat. Saikiisih ana kasangsaran loro kang bakal nekani.

Kalasangka kang kanem

9:13-2113 Malaekat kang kanem tumuli ngungelake

kalasangkane, aku banjur krungu swarametu saka sungu papat ing misbyah maskang ana ing ngarsane Gusti Allah, 14 Kangdhawuh marang malaekat kang kanemkang ngasta kalasangka mau mangkene:“Malaekat papat kang padha kabanda anaing sacedhake bengawan Efrat iku uculana.”

Page 1048: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 9.15–21 2515 Malaekat papat kang padha kacawisakengenteni jam, dina, sasi lan taun kang wuspinanci iku tumuli diuculi, supaya padhamateni sapratelone umat manungsa. 16 Lancacahe wadyabala jaranan iku rongpuluh ewuleksa; aku krungu pira cacahe. 17 Mungguhjarane lan kang padha nunggangi iku anaing wahyu iki katone mangkene: padhanganggo kere, warnane abang kaya genilan biru tuwin kuning walirang; endhasejaran memper kaya endhasing singa, tuwincangkeme ngetokake geni, lan pega sartawelirang. 18 Sapratelone umat manungsapadha dipateni dening wewelak telu iku, yaikugeni, lan pega tuwin welirang kang padhametu saka ing cangkeme. 19 Awitdene dayanejaran-jaran mau dumunung ana ing cangkemelan buntute; amarga buntute iku kaya ula;padha nganggo endhas, iku kanggo nganakakekarusakan.

20 Ananging kekarene wong kang ora dipatenikalawan wewelak iku mau, meksa ora padhamratobat nyingkiri pagaweaning tangane:ora mareni anggone padha nyembah marangpara dhemit lan brahala-brahala mas, salaka,tembaga, watu apadene kayu kang ora bisandeleng, krungu utawa lumaku. 21 Apamanehuga padha ora mratobat sumingkir sakaanggone memateni, utawa nenung, sarta lakujina, apadene nyenyolong.

Page 1049: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 10.1–7 26

Kitab kawudharan

10:1-11

101 Aku tumuli weruh malaekat liyanekang prakosa tumedhak saka ing

swarga, asingep mega, lan ing sadhuwuringmustakane ana kluwunge, wedanane kayasrengenge, sampeyane kaya tugu geni.2 Astane nyepeng gulungan kitab cilikwudharan. Sampeyane kang tengen tumapaking sagara, lan kang kiwa ing dharatan.3 Malaekat mau nguwuh kalawan swara serukaya panggeroning singa. Sawuse iku nguwuh,ngludhug pitu banjur padha nyuwara. 4 Lansawuse gludhug pitu mau padha ngucap,iku banjur arep dakcatheti, nanging aku nulikrungu swara saka ing swarga kang ngandika:“Apa kang diucapake dening gludhug pitu ikumau sira segela, aja sira tulis!”

5 Malaekat kang dakdeleng jumeneng ana ingsagara lan ing dharatan mau, tumuli ngangkatastane tengen marang langit, 6 sarta banjursupaos demi Panjenengane kang gesanglanggeng salawas-lawase, kang wus nitahakelangit saisine, lan bumi saisine, tuwin sagarasaisine: “Ora bakal kaundur maneh! 7 Nangingsamangsa unine kalasangkane malaekat kangkapitu keprungu, yaiku manawa malaekat ikungungelake kalasangkane, bakal kayektenankekeraning Allah, kaya kang wis kawartosakemarang para abdine, yaiku para nabi.”

Page 1050: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 10.8–11.3 278 Swara kang wus dakrungu saka ing langit

mau, tumuli ngandika maneh marang akumangkene: “Majua, kitab wudharan kang anaing tangane malaekat, kang ngadeg ana ingsagara lan ing dharatan iku tampanana.” 9 Akubanjur marani malaekat mau sarta nyuwun,supaya gulungan kitab iku kaparingna marangaku. Dhawuhe marang aku: “Tampanana, lanpanganen; iki bakal marakake wetengmu pait,nanging ana ing cangkemmu rasane legi kayamadu.” 10 Aku tumuli nampani kitabe saka ingastane malaekat mau, banjur dakpangan:ana ing cangkemku rasane legi kaya madu,nanging sawuse dakpangan, wetengku krasapait. 11 Tumuli aku dipangandikani mangkene:“Kowe kudu medhar wangsit maneh marangpara bangsa lan umat tuwin basa sarta pararatu.”

Seksine Gusti Allah loro

11:1-14

111 Aku tumuli kaparingan glagah,kaya teken ukuran, kanthi dhawuh

mangkene: “Mara sira ngadega lan ukurenPadalemane Suci Gusti Allah lan misbyah dalahpara kang sujud ana ing kono iku. 2 Mungplatarane sajabane Padaleman Suci iku ajasira ukur, marga iku wus kapasrahake marangpara bangsa-bangsa liya kang bakal padhangidak-idak Kutha Suci lawase patang puluhloro sasi. 3 Anadene seksiningSun loro bakalSundhawuhi medhar wangsit lawase sewu

Page 1051: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 11.4–10 28

rong atus sawidak dina kalawan manganggobagor.”

4 Yaiku wit jaitun loro lan padamaran lorokang ana ing pangayunane Allahe alam donya.5 Dene manawa ana wong kang arep milara,bakal ana geni metu saka ing cangkememangsa marang satrune. Lan manawa anawong kang arep milara, mesthi kapatenankanthi patrap mangkono. 6 Seksi loro maupadha duwe panguwasa ngancing langit,supaya ora ana udan sajrone padha medharwangsit; lan padha duwe panguwasa ingngatase sakehing banyu bisa kadadekakegetih; sarta nggebug bumi kalawansawarnaning wewelak sawayah-wayah miturutsakarepe.

7 Anadene samangsa wus rampung anggonepadha nglairake paseksene, tumuli kewankang muncul saka ing teleng bakal nempuhperang marang seksi-seksi mau, sarta bakalpadha dikalahake lan dipateni. 8 Layone bakalgilang-gilang ana ing lurunging kutha gedhe,kang cara kasukman kaaranan Sodom lanMesir, iya ing panggonane Gustine kasalib.9 Karodene panunggalane para bangsa lantaler tuwin basa sarta golongan, padhanonton layone lawase telu satengah dina lanwong-wong iku ora nglilani layone dikubur.10 Wong-wong kang manggon ing bumi padhabungah awit saka kang mati iku lan padhapista apadene padha kirim-kiriman bebungah,marga nabi loro mau padha nyiksa kabehwong kang manggon ana ing bumi.

Page 1052: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 11.11–16 2911 Sawuse telu satengah dina tumuli rohing

kauripan saka ing Allah nganjingi layon-layonmau, temahan kang mati banjur padha tangi,agawe banget girise wong kang padha weruh.12 Wong-wong mau tumuli padha krunguswara seru saka ing swarga mangandikani:“Padha munggaha mrene!” Banjur padhamunggah menyang ing langit, katutupanmega, kadeleng dening para satrune.

13 Ing nalika iku ana lindhu kang luwih deninggedhe lan saprasapuluhe kutha iku jugrug, lanwong pitung ewu padha mati dening lindhuiku; lan wong-wong liyane padha giris banget,banjur padha ngluhurake Gusti Allah ingswarga.

14 Wewelak kang kapindho wus liwat; lah,wewelak kang katelune tumuli teka.

Kalasangka kang kapitu kaunekake.

Gusti Allah kaluhurake dening parapinituwa kalawan kidung pangalembana

11:15-1915 Bareng malaekat kang kapitu ngungelake

kalasangkane, tumuli ing swarga keprunguswara banter padha muni mangkene:

“Paprentahan ing donya iku kaastadening Pangeran kita lan Sang Jebadane,sarta Panjenengane bakal jumeneng Ratulanggeng salawas-lawase.”

16 Para pinituwa patlikur, kang padha lungguhing dhampar ana ing ngarsaning Allah banjur

Page 1053: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 11.17–12.1 30

padha sumungkem sujud marang Gusti Allah,17 unjuke,

“Dhuh Pangeran, Gusti Allah ingkangMahakuwaos, ingkang wonten, sahaingkang kala rumiyin wonten,

kawula sami saos sokur dhumateng Paduka,amargi Paduka sampun ngagem panguwaos

Paduka ingkang agung saha sampunwiwit ngasta kaprabon.

18 Para bangsa sampun sami nepsu, nangingbebendu Paduka sampun katingal sartasampun dumugi wekdalipun para tiyangpejah dipun adili tuwin paring ganjarandhateng para abdi Paduka,

para nabi kaliyan para suci saha para ingkangajrih-asih dhumateng asma Paduka,

dhateng tiyang-tiyang alit kaliyan tiyang-tiyang ageng amargi Paduka sampunngagem panguwaos Paduka ingkangagung lan Paduka badhe nglebur paraingkang sami ngrisak bumi.”

19 Sabanjure Padalemane Suci Gusti Allahkang ana ing swarga kawengakake lan pethiprajanjiane katon ana ing Padaleman Suciiku, banjur ana kilat lan swara gumlegeringgludhug apadene lindhu lan udan es kangluwih dening deres.

Wanodya lan naga

12:1-6

121 Ing langit tumuli katon tengerangedhe: Ana wanita kang sinandhangan

Page 1054: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 12.2–9 31

srengenge, lan rembulan ana ing sangisoretlapakane sarta nganggo makuthane lintangrolas ana ing sirahe. 2 Wanita mau lagingandheg sarta sajrone sesambat nglaraniarep nglairake iku njerit marga kelaran. 3 Laning langit katon ana tengeran liyane: Lah ananaga gedhe abang mbranang, endhase pitu,lan ana sungune sapuluh, sarta ing endhaseana jamange pitu. 4 Pethite nyered sapratelonelintang-lintang ing langit, banjur ditibakakemarang bumi.Naga mau mapan ana ing ngarepe wanita

kang arep nglairake iku, sedyane arep nguntalPutrane sang wanita, samangsa miyos. 5 Sangwanita mau banjur mbabar Putra kakung, kangbakal ngengen para bangsa kalawan lantaranwesi; dumadakan Sang Putra mau karebut landiplayokake menyang ing ngarsaning Allah laning dhampare. 6 Dene sang wanita mau mlayumenyang pasamunan, ing panggonan kangwus dicawisake dening Gusti Allah, supayadiopeni ana ing kono lawase sewu rong atussawidak dina.

Naga dikalahake

12:7-97 Ing swarga tumuli ana paperangan. Sang

Mikhael lan para malaekate padha perangnglawan naga mau, sarta si naga iku kabantudening para malaekate, 8 nanging padha orakuwat nanggulangi; temah padha ora olehpapan maneh ana ing swarga. 9 Si naga gedhe

Page 1055: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 12.10–12 32

banjur diuncalake mangisor, si ula kuna, kangkaaranan Iblis lan Setan, kang nasarakesaisining jagad, iku kauncalake menyang ingbumi, dalah para malaekate.

Kidung kaunggulan

12:10-1210 Nuli aku krungu swara kang banter ana ing

swarga, mangkene:“Samengko karahayon lan panguwasa tuwin

paprentahaning Allah kita,lan panguwasane Sang Jebadane, wus

kababar, marga si panggugat, kangrina-wengi nggugat para sadulur kitaana ing ngarsaning Allah kita, iku wuskauncalake mangisor.

11 Lan anggone padha ngalahake sranarahe Sang Cempe, lan srana tembungepaseksene.

Sabab padha ora ngeman marang nyawanedhewe nganti tumeka ing pati.

12 Mulane padha sukarenaa,he, swarga lan he, sira kabeh kang padha

ngenggoni,bilai kowe, he, bumi lan sagara!marga Iblis wus ngudhuni sira, kalawan

nepsu banget,marga weruh, yen wektune mung kari

sathithik.”

Page 1056: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 12.13–13.1 33

Naga ngoyak wanita mau

12:13-17 (12:13-18)13 Anadene bareng si naga eling, yen wus

kauncalake menyang ing bumi banjur ngoyaksang wanita kang wus mbabar Putra kakungmau. 14 Sang wanita tumuli kaparingansuwiwi garudha gedhe sapasang, supayamabur menyang ing panggonane, iya iku ingpasamunan, ana ing kono wanita iku diopeni,adoh saka papane si ula, lawase samangsalan rong mangsa tuwin satengah mangsa.15 Si ula banjur nyemburake banyu kaya kalisaka ing cangkeme, disusulake marang wanitamau, supaya kelia ing kali kono. 16 Nangingsang wanita ditulungi dening bumi. Bumi ikungangapake cangkeme, lan nguntal kali kangdisemburake dening cangkeme naga mau.17 Si naga tumuli nepsu banget marang sangwanita, banjur lunga merangi turune liyane,kang padha netepi pepakoning Allah lan

ngantepi ing paseksene Gusti Yesus, 1 (12-18) lan banjur manggon ana ing13

pinggir sagara.

Kewan kang metu saka sajrone sagara

13:1-10 (13:1-10)(13-1) Sabanjure aku weruh ana kewan

njedhul saka sajroning sagara, sungunesapuluh lan endhase pitu; pucuking sunguneana makuthane sapuluh, lan ing endhase

Page 1057: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 13.2–8 34

ana cirine jeneng panyenyamah. 2 Kewankang dakdeleng iku rupane kaya macantutul, sikile kaya sikil bruwang lan cangkemekaya cangkem singa. Iku banjur diwenehikasekten dening naga mau, lan dhampartuwin panguwasane kang gedhe. 3 Akunuli ndeleng endhase kang siji iku kayaana tatune kang mbebayani tumrap uripe,nanging tatune banjur waras. Temahwong sadonya padha kaeraman, banjurngetut buri kewan iku. 4 Wong-wong maupadha sujud marang naga mau, awit wusmenehake panguwasane marang kewaniku. Karodene wong-wong mau padha sujudmarang si kewan kalawan pangucape:“Sapa kang madhani kewan iki? Lan sapakang bisa nandhingi perang?” 5 Si kewanbanjur kaparingan cangkem, kang kebakkumlungkung lan panyenyamah; sarta ugakaparingan panguwasa nglakoni mangkonoiku lawase patang puluh loro sasi. 6 Kewaniku nuli ngangapake cangkeme nyenyamahmarang Gusti Allah, iya nyenyamah marangasmane lan padalemane sarta marang kabehkang padha manggon ana ing swarga.7 Sarta maneh kalilan nempuh perang lanngalahake marang para suci; tuwin kaparinganpanguwasa misesa marang angger taler lanumat tuwin basa sarta bangsa. 8 Lan kabehwong kang manggon ing bumi bakal padhasujud marang si kewan, yaiku saben wongkang jenenge wiwit nalika jagad tinalesan ora

Page 1058: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 13.9–15 35

katulisan ing buku kauripan kagungane SangCempe kang wus kasembeleh.

9 Sapa kang duwe kuping, ngrungokna!10 Sapa kang pinesthi ditawan, iku bakal

ditawan; sapa kang pinesthi kapatenansarana pedhang, iku bakal kapatenan saranapedhang.Kang prelu ing kene iya iku sabar mantep lan

pracayane wong-wong suci.

Kewan kang metu saka ing sajroning bumi

13:11-1811 Aku tumuli weruh kewan liyane njedhul

saka sajroning bumi, sungune loro kaya SangCempe lan calathune kaya si naga. 12 Sartanindakake sakehe panguwasane kewan kangkapisan ana ing ngarepe. Iku marakakebumi lan sakabehe kang ngenggoni padhasujud marang kewan kang kapisan, kang wuswaras tatune kang mbebayani mau. 13 Sartamaneh nganakake mukjijat-mukjijat kangnggegirisi, malah nganti ngudhunake genisaka ing langit marang bumi ana ing ngarepewong. 14 Kewan mau nasarake wong kangmanggon ing bumi sarana kaelokan-kaelokan,kang wus diwenehake supaya ditindakakeana ing ngarepe si kewan kapisan mau.Wong-wong kang manggon ing bumi dikondening kewan mau, supaya padha nganakakereca kanggo ngurmati si kewan kang katatondening pedhang, nanging kang tetep isih uripiku. 15 Apamaneh si kewan dikuwasakake

Page 1059: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 13.16–14.3 36

nganjingi nyawa marang reca iku mau, temahreca kewan iku uga bisa calathu, lan banjurtumandang, saben wong kang ora sujudmarang reca kewan iku banjur kapatenan.16 Karodene si kewan mau marakake wongkabeh, gedhe cilik, sugih miskin, mardika lanbatur tukon, tangane tengen utawa bathukepadha dicireni, 17 sarta ora ana wong bisatetuku utawa dodolan kajaba mung kangkanggonan ciri mau, yaiku jenenge si kewanutawa cacahe wilanganing jenenge.

18 Kang prelu ing kene yaiku kawicaksanan;sapa kang wicaksana iku ngetunga cacahingwilangane si kewan iku, awit iku wilanganesawijining manungsa, lan cacahe yaiku nematus sawidak nenem.

Sang Cempe lan para tebusane

14:1-5

141 Aku tumuli weruh: lah Sang Cempejumeneng ana ing gunung Sion,

kaayap dening wong satus patang puluhpapat ewu, kang padha kacirenan asmanepiyambak lan asmane Kang Rama anaing bathuke. 2 Aku banjur krungu swarasaka ing langit kaya gumrojoging banyuakeh lan kaya gumlegere gludhug kangnggegirisi. Lan swara kang dakrungu iku kayaswarane panylempung-panylempung kangpadha ngunekake clempunge. 3 Iku padhangidungake kidung anyar ana ing ngarepedhampar lan ing ngareping makluk papat

Page 1060: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 14.4–8 37

tuwin para pinituwa iku, lan ora ana wongkang bisa nyinau kidung iku, kajaba mungwong satus patang puluh papat ewu kang wuspadha katebus saka ing bumi iku. 4 Yaiku wongkang ora padha njemberake awake karo wongwadon, amarga padha murni kaya prawan.Iku kang padha ndherekake Sang Cempe ingsatindak-tindake. Yaiku kang padha katebussaka ing antarane manungsa minangkakurban wiwitan sumaos marang Gusti Allahlan marang Sang Cempe. 5 Lan ing cangkemeora tinemu kang cidra; wong iku padha tanpacacad.

Pawarta bab pangadilan

14:6-136 Lan aku tumuli weruh malaekat liyane

mabur ing awang-awang ngasta Injil kanglanggeng diwartakake marang wong kangpadha manggon ana ing bumi lan marangsadhengah bangsa lan taler tuwin basa sartagolongan, 7 pangandikane kalawan swaraseru: “Padha wedi-asiha marang Gusti Allahlan caosana kaurmatan, awit wektuningpangadilane wus teka, sarta padha sujudamarang Panjenengane kang wus nitahakelangit lan bumi tuwin sagara apadene sakehetuking banyu.”

8 Banjur ana malaekat liyane maneh,malaekat kapindho, nusul, ngandika: “Wusrubuh, wus rubuh Babil, kutha kang gedhe

Page 1061: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 14.9–13 38

iku, kang wus ngendemi sakehe para bangsakalawan angguring hawa-nepsu laku jina.”

9 Tumuli ana malaekat liya, kang katelunenusul, pangandikane kanthi swara sora:“Manawa ana wong kang sujud marang sikewan lan marang recane iku, tuwin nampaniciri ana ing bathuke utawa ing tangane, 10 ikubakal ngombe anggur bebendune Gusti Allah,kang wus kasadhiyakake tanpa campuran anaing tuwunging dukane; sarta bakal kasiksakalawan geni lan walirang ana ing ngarepepara malaekat suci lan ing ngarsane SangCempe. 11 Anadene pegane geni pasiksan ikukumelun ing salawas-lawase, lan panyiksanetanpa leren rina-wengi, yaiku kang padhasujud marang si kewan lan marang recane iku,mangkono uga sapa kang nampani ciriningjenenge.”

12 Kang prelu ing kene yaiku sabar mantepepara suci, kang padha ngantepi pepakoningAllah lan pracaya marang Gusti Yesus.

13 Aku tumuli krungu swara saka ing swargakang ngandika: “Tulisen: Rahayu para wongkang mati lan matine ana ing patunggilaneGusti, wiwit ing samengko.” “Sanyata,”pangandikane Sang Roh, “supaya padha asosaka ing rekasane, awit sakehing panggawenepadha mbarengi lakune.”

Page 1062: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 14.14–20 39

Panenan ing bumi

14:14-2014 Aku banjur weruh: lah, ana mega putih, lan

ing mega mau ana kang lenggah kaya PutraneManungsa, mustakane ngagem makuthamas lan astane ngasta arit kang landhep.15 Tumuli ana malaekat liyane medal saka ingPadaleman Suci; sarta munjuk kalawan swaraseru marang Panjenengane kang lenggahing mega mau: “Gusti mugi nglampahakenarit Paduka sarta mugi kaenenana, amargisampun dumugi mangsanipun ngeneni;ujer panenan ing bumi sampun sepuh.”16 Panjenengane kang lenggah ing mega maubanjur nguncalake arite menyang ing bumi,sarta bumi tumuli kaenenan.

17 Tumuli ana malaekat liyane medal sakaing Padaleman Suci kang ana ing swarga; ikuuga nyepeng arit landhep. 18 Lan ana malaekatliyane maneh medal saka ing misbyah kangnguwaosi geni; iku banjur nguwuh kalawanswara seru marang malaekat kang ngastaarit landhep mau: “Aritmu kang landhep ikulakokna, lan dhompolan wohe wit angguring bumi undhuhana, awit wohe wis padhamateng.” 19 Malaekat mau tumuli nguncalakearite menyang ing bumi, sarta ngundhuhiwohe wit anggur ing bumi lan diuncalake ingkulah pamipitan gedhe, yaiku bebenduneAllah. 20 Lan wohe wit anggur mau tumulidipipit ana ing sajabaning kutha, lan saka

Page 1063: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 15.1–4 40

ing pamipitan iku ana getih mili, kang jeronenganti tutug ing kendhalining jaran, lan doherong atus mil.

Pamujine para kang unggul

15:1-4

151 Aku tumuli weruh pratandha liyanekang gedhe lan elok ana ing langit: ana

malaekat pitu padha mbekta wewelak pitukang wekasan, awit iku kang dadi pantogingbebenduning Allah.

2 Karodene aku weruh rerupan kayasagara kaca campur geni, sarta para wongkang wus unggul anggone perang karo sikewan lan recane, sarta cacahe petunganejenenge, padha ngadeg ana ing pinggiringsagara gedhah mau. Sarta iku padha nyekelclempunge Gusti Allah. 3 Wong-wong ikupadha ngidungake kidunge Nabi Musa, abdineGusti Allah, lan kidunge Sang Cempe, unine:

“Agung saha elok pakaryan Paduka,dhuh Pangeran, Allah ingkang Mahakuwaos!Adil saha leres margi Paduka punika,dhuh Ratunipun sadaya bangsa!4 Dhuh Pangeran, sinten ingkang boten ajrih,saha boten ngluhuraken Asma Paduka?Awit namung Paduka piyambak ingkang suci;amargi sakathahipun bangsa sami badhe

sowansarta nyembah sujud dhateng Paduka,sabab sampun katingal leresing sadaya

pangadilan Paduka.”

Page 1064: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 15.5–16.2 41

Malaekat pitu lan tuwungbebenduning Allah pitu

15:5-85 Sawuse mangkono aku tumuli weruh wong

ngengakake Padaleman Suci -- tarub paseksen-- ing swarga. 6 Sarta malaekat pitu kangmbekta wewelak pitu mau, padha miyos sakaing padaleman Suci, ngagem lawon putihresik tuwin gumilap lan jajane apaningsetmas. 7 Makluk siji ing antarane makluk papatmau tumuli ngulungake bokor mas pitumarang malaekat pitu mau, kabeh kebak isibebenduning Allah kang gesang langgenging salawas-lawase. 8 Padaleman Suci mautumuli kebak pega awit saka kaluhurane lanpanguwaosing Allah, sarta ora ana wongsiji-sijia kang bisa lumebu ing Padaleman Suciiku, sadurunge wewelak pitu kang kaastadening malaekat pitu mau rampung.

Wewelak pepitu

16:1-21

161 Aku tumuli krungu swara seru sakaing Padaleman Suci dhawuh marang

malaekat pitu mau mangkene: “Padha lungaa,bokor pitu kang isi bebenduning Allah ikupadha suntakana ing bumi.”

2 Malaekat kang kapisan banjur tindak lannyuntak bokore menyang ing bumi; wongkang kanggonan cirine si kewan lan kang

Page 1065: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 16.3–9 42

sujud marang recane tumuli padha kena ingmemala wudun kang ampuh lan mbebayani.

3 Malaekat kang kapindho nyuntak bokoremenyang ing sagara; banyune tumuli dadigetih, kaya getihe wong mati, temahan isiningsagara kang mawa nyawa padha mati kabeh.

4 Malaekat kang katelu nyuntak bokoremenyang ing kali-kali lan tuking banyu,temahan banyune dadi getih.

5 Aku banjur krungu malaekat kang nguwaosibanyu iku munjuk:

“Paduka punika adil, Paduka ingkang wontensarta ingkang kala rumiyin sampunwonten, Paduka ingkang suci, ingkangsampun ndhawahi paukuman punika.

6 Amargi tiyang punika sampun samingwutahaken rahipun para suci lan paranabi, Paduka inggih sampun ngombenirah tiyang-tiyang punika; makatenpunika sampun samesthinipun tumraptiyang-tiyang punika!”

7 Apadene aku krungu misbyah ngucapmangkene:

“Dhuh Pangeran, Allah, IngkangMahakuwaos,

leres lan adil sadaya pangadilan Padukapunika.”

8 Malaekat kang kapat nyuntak bokoremenyang ing srengenge, lan iku tumulikaparingan panguwasa mbrangas wongkalawan geni. 9 Temahan wong padhakagosongake dening panasing geni kangbanter, banjur padha nyenyamah marang

Page 1066: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 16.10–17 43

asmaning Allah, kang nguwaosi wewelak-wewelak mau, sarta ora mratobat ngluhurakemarang Gusti Allah.

10 Malaekat kang kalima nyuntak bokoremenyang ing dhampare si kewan temahankaprabone iku dadi peteng, sarta wong-wongpadha nggigiti ilate dhewe marga sakakelaran, 11 lan banjur padha nyenyamahmarang asmane Allah ing swarga marga sakakelaran lan marga saka wudune, nangingpadha ora mratobat mareni pratingkahe.

12 Malaekat kang kanem nyuntak bokoremenyang ing bengawan Efrat, banjur tumuliasat, temah wus cumawis dalane para ratukang rawuh saka ing bang wetan. 13 Akubanjur weruh saka ing cangkeme si naga laning cangkeme si kewan tuwin ing cangkemekang ngaku-aku nabi iku ana roh reged telupadha metu kaya kodhok. 14 Yaiku roh-rohsetan kang nganakake mukjijat-mukjijat, kangpadha lunga nggoleki ratu-ratu saindengingjagad, padha diklumpukake diajak perang ingdina kang wingit, yaiku dinane Gusti Allahkang Mahakuwaos.

15 “Wruhanira, Ingsun rawuh kaya maling.Rahayu, wong kang jumaga lan kang ngrumatsandhangane, supaya anggone lumaku ajanganti kalawan wuda lan katon kawirangane.”

16 Anadene anggone nglumpukake iku mauana ing pangonan, kang ing basa ibrani aranHarmagedhon.

17 Malaekat kang kapitu nyuntak bokoremenyang ing awang-awang. Saka ing

Page 1067: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 16.18–17.3 44

padaleman Suci banjur kaprungu swara serusaka ing dhampar iku, pangandikane: “Wuskalakon.” 18 Tumuli ana thathit cumleret langludhug gumleger, sarta ana lindhu gedhekang salawase bumi dienggoni manungsadurung tau kalakon. Kaya mangkono hebatelindhu iku. 19 Temah kutha kang gedhe ikupecah dadi telu lan kutha-kuthane para bangsakang padha ora wanuh marang Gusti Allahpadha jugrug. Gusti Allah banjur kengetanmarang Babil kang gedhe iku nuli kaparingantuwung kang kebak isi anggur bebenduningdukane Gusti Allah. 20 Sakehe pulo banjurpadha musna, lan gunung-gunung wis padhaora katemu maneh. 21 Sarta ana udan wohgedhe, bobote satus pun, tiba saka ing langitnibani wong-wong, temahan wong-wongpadha nyenyamah marang Gusti Allah margasaka wewelak udan woh iku, awit wewelak ikumau nggegirisi banget.

Putusan tumrap kutha Babil

17:1-18

171 Salah sawijining malaekat pitukang ngasta bokor pitu mau, rawuh

sarta ngandika marang aku: “Mrenea, kowedaktuduhi paukumane si sundel gedhe, kanglungguh ana ing papan kang akeh banyune.2 Kang dadi bedhangane para raja ing bumi,lan para wong kang manggon ing bumi wuspadha mendem dening angguring bedhange.”3 Sajrone aku kalimputan ing Roh aku kagawa

Page 1068: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 17.4–10 45

menyang ing pasamunan. Ing kono aku weruhana wong wadon nunggang kewan abangsulak wungu, kang awake sakojur kacirenanjeneng-jeneng panyenyamah. Endhase pitulan sungune sapuluh. 4 Dene wong wadonmau nganggo jarit wungu lan jingga, sartanganggo pasren mas, sesotya tuwin mutyara,tangane nyekel tuwung mas kang kebak isisakehing barang kang saru lan jejemberinglaku jina. 5 Lan ing bathuke kacirenan jeneng,sawijining wewadi: “Babil gedhe baboningpara tunasusila lan sakehing kanisthan ingbumi.” 6 Anadene aku weruh wong wadon maumendem getihe para suci lan para seksineGusti Yesus.Aku gumun banget nalika ndeleng iku mau.

7 Malaekat mau tumuli ngandika marang aku:“Yagene kowe kok gumun? Kowe dakkandhanibab wadine wong wadon lan wadine kewantunggangane kang endhase pitu lan sungunesapuluh iku.

8 Kewan kang kokdeleng iku maune ana,nanging saiki ora ana, lan bakal njedhulsaka ing teleng, sarta marani ing karusakan.Anadene para kang manggon ana ing bumi,kang jenenge ora katulisan ing buku kauripanwiwit jagad tinalesan, iku bakal padhakaeraman, samangsa padha weruh si kewan,dene maune ana saiki ora ana, mangka bakalana maneh. 9 Kang prelu ing kene yaiku budikang wicaksana: endhas pitu iku ngibaratigunung pitu, kang dilungguhi dening wongwadon mau. 10 Karodene uga ngibarati ratu

Page 1069: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 17.11–17 46

pitu; kang lima wus padha ambruk, kang sijisaiki ana, sijine durung teka, dene samangsawus teka, iku tetep mung sawatara mangsa.11 Anadene si kewan kang maune ana, saikiora ana, iku dhewe dadi raja kang kawolulan sanadyan mangkono dadi panunggalanekang pitu iku, sarta marani karusakan. 12 Denesungu sapuluh kang kokdeleng iku ratusapuluh kang durung wiwit mrentah, nangingbakal padha nampani panguwasaning ratu,bebarengan karo si kewan suwene sajam.13 Iku padha sarujuk, masrahake kasekten lanpanguwasane marang si kewan iku. 14 Lan ikukabeh bakal padha nempuh perang nglawanSang Cempe. Nanging bakal dikalahakedening Sang Cempe lan para kang tinimbalanlan kang padha pinilih apadene kang setya,amarga Panjenengane iku Gustine para gustilan Ratune para ratu.”

15 Malaekat mau tumuli ngandika marangaku: “Kabeh banyu kang kokdeleng, kangdilungguhi dening wanita tunasusila ikungibarati para bangsa lan rakyat akeh tuwingolongan apadene basa. 16 Dene sungusapuluh kang kokdeleng lang kewan ikubakal padha sengit marang si tunasusila iku,lan bakal didadekake kapiran lan diwudanituwin dipangan daginge, wasana diobongkalawan geni. 17 Amarga atine wus diwangsitdening Gusti Allah supaya nglakoni kang dadikarsane kanthi tunggal sedya, apadene supayamasrahake paprentahane marang si kewan,nganti tumeka pangandikane Gusti Allah wus

Page 1070: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 17.18–18.4 47

padha katetepan kabeh. 18 Anadene wongwadon kang kokdeleng iku, ngibarati kuthagedhe kang ngereh para ratu ing bumi.”

Rusake kutha Babil

18:1-20

181 Sawuse mangkono, aku weruhmalaekat liyane tumedhak saka ing

swarga. Malaekat mau kagungan panguwasagedhe sarta bumi dadi padhang marga sakakamulyane. 2 Malaekat mau nguwuh-uwuhkalawan swara seru:

“Wus rubuh, wus rubuh Babil, kutha gedheiku.

Lan wus dadi dhangkane para roh reged lanpapan pandhelikane para roh najis,

tuwin sarupaning manuk kang najis lankang sinengitan, 3 awit sakehe parabangsa wus padha ngombe anggurhawa-nepsune kang saru, sarta pararaja ing bumi padha laku jina karodheweke,

tuwin para sudagar ing bumi wus padha dadisugih marga saka hawa-nepsune.”

4 Aku tumuli krungu swara liyane, saka ingswarga, kang ngandika:

“He, umatingSun, padha sumingkira saka ingantarane,

supaya sira aja nganti kalepetan ing dosane,lan aja nganti melu kena ing wewelake.

Page 1071: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 18.5–10 485 Amarga dosane wus ngundhung-undhung

kongsi sundhul ing langit, lan Gusti Allahwus ngengeti ing sakehe pialane.

6 Walesen kaya kang dadi pamalese marangsira,

lan tikelana loro saka panggawene,tuwunge kang kanggo nyampur iku isenana

tikel loro;7 patrapana panyiksa lan kaprihatinan,kayadene anggone wus ngrasakake

kaluhuran lan kamukten.Sabab osiking atine mangkene:Aku lungguh ing dhampar kaya ratu,aku dudu randha,lan aku ora bakal tau prihatin.8 Mulane bakal katekanan sakehe wewelake

bareng sadina,yaiku pageblug lan prihatin tuwin pailan;sarta bakal kaobong ing geni,awit Pangeran Allah, kang ngadili iku

santosa.”9 Anadene para raja ing bumi, kang padha lakubedhang lan olah kamukten karo dheweke,iku bakal padha nangisi lan nggrantesakesamangsa padha ndeleng pegane geni kangngobong. 10 Para raja mau bakal padha ngadegngedohi, awit saka wedine marang panyiksanelan bakal ngucap:

“Cilaka, cilaka kowe, he kutha gedheBabil, he kutha kang santosa, denepaukumanmu wus tumindak mung ingsajrone sajam!”

Page 1072: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 18.11–18 4911 Para sudagar ing bumi padha nangisi lansesambat, marga wus ora ana kang tukudagangane, 12 yaiku dagangan arupa maslan salaka, sesotya lan mutyara, mori aluslan jarit wungu sutra lan kain jingga, barangwarna-warna saka kayu wangi, dandanansaka gadhing warna-warna, lan rupa-rupadandanan kayu kang larang, saka tembaga,wesi sarta saka marmer. 13 Manis jangan,bumbu-bumbu, lenga wangi lan menyan,anggur lan lenga, glepung alus lan gandum,sapi lan wedhus, jaran lan kreta, apadenemalah abdi lan nyawane wong.

14 Lan iku kabeh bakal padha ngucap:“Wowohan-wowohan kang dadi pepenginane

atimu iku wus ilang,lan samubarang kang mewah lan endah iku

wus sirna, lan ora bakal katemu maneh.”15 Para kang daging barang-barang iku mau,kang wus dadi sugih saka kutha iku, bakalpadha ngadeg ana ing kadohan awit sakawedine marang anggone kasiksa, sarta padhanangis lan sesambat, 16 pangucape:

“Cilaka, cilaka kutha gedhe,kang manganggo mori alus tuwin jarit wungu

lan jingga, sarta nganggo pasren maslan sesotya tuwin mutyara iku, denesajrone sajam bae kasugihan kangsamono iku wus rusak.”

17 Karodene sakehing jurumudhi lan para kanglelayaran, tuwin para mantrus lan sakehewong kang panguripane ana ing sagara, padhangedoh, 18 lan padha weruh pegane geni kang

Page 1073: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 18.19–22 50

ngobong, banjur nguwuh-uwuh, pangucape:“Endi kutha kang madhani kutha gedhe iki?”19 Banjur padha nguwur-uwuri lebu ing sirahe,sarta nguwuh-uwuh kalawan nangis lansesambat pangucape:

“Cilaka, cilaka kutha gedhe,kang raja-penine dadi marganing kasugihane

sakehe wong kang duwe prau ana ingsagara,

awi wis rusak sajrone sajam bae.20 Padha bungaha marga saka iku, he

swarga,lan para suci, para rasul sarta para nabi,sabab Gusti Allah wus ndhawahi paukuman

marang kutha iku marga saka kowekabeh.”

Babil ora bakal madeg maneh

18:21-2421 Tumuli ana malaekat kang prakosa,

ngangkat watu kang gedhene sawatupanggilingan, banjur kajegurake ing sagara,pangandikane:

“Iya kaya mangkono iku kutha gedhe Babil,bakal kauncalake mangisor sarosane,lan banjur ora bakal ketemu maneh.22 Sarta swarane para panylempung sarta

para pasindhen,tuwin para panyuling apadene panylompret,ora bakal keprungu maneh ana ing kowe,lan wus ora bakal ana wong kang olah

sadhengaha

Page 1074: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 18.23–19.3 51

kagunan kang tinemu ana ing kowe,sarta swarane panggilingan ora bakal

keprungu maneh ana ing kowe.23 Padhanging damar ora bakal madhangi

kowe maneh, lan swarane pengantenlanang wadon ora bakal keprungumaneh ana ing kowe.

Awit sudagar-sudagarmu iku maune padhadadi panggedhene bumi, marga sakasakehe bangsa wus padha kasasarakesrana panenunganmu.”

24 Sarta ing kutha iku tinemu getihe para nabilan para suci, apadene getihe sakehe wongkang padha kapatenan ana ing bumi.

Kekidungan ing bab rusake kutha Babil

19:1-5

191 Sawuse mangkono aku krungu swarasora kaya swarane wong golongan

gedhe ana ing swarga, pangucape:“Haleluya!Karahayon lan kamulyan sarta panguwaos

punika wonten ing Allah kita,2 awitdene leres lan patitis pangadilanipun,amargi Panjenenganipun ingkang sampun

ngadili wanita tunasusila ageng,ingkang ngrisak bumi srana lampahipun jina;sarta Panjenenganipun punika ingkang

sampun malesaken rahipun paraabdinipun dhateng wanita punika.”

3 Tumuli padha ngucap kang kaping pindhone:“Haleluya!

Page 1075: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 19.4–8 52

Wondene peganipun punika kumelunlanggeng salami-laminipun.”

4 Para pinituwa patlikur lan makluk papatiku banjur padha sumungkem sujud marangGusti Allah kang lenggah ing dhampar, sartamunjuk:

“Amin, Haleluya!”5 Tumuli keprungu swara saka ing dhampar:

“Padha saosa puji marang Allah kita,he para abdi kabeh,sira kang padha wedi-asih marang

Panjenengane,kang cilik lan kang gedhe!”

Bujana pikramane Sang Cempe

19:6-106 Aku banjur krungu kaya swarane wong

golongan gedhe, kaya gumrojoging banyuakeh lan kaya swarane gludhug kang banter,tembunge:

“Haleluya!Dene Pangeran, Allah kita, Kang

Mahakuwaos, wus jumeneng raja.7 Payo kita padha sumyak-sumyak asukarena,lan ngluhurake Panjenengane!Amarga wis tekan ing dina pikramane Sang

Cempe,lan panganten putri wis rumantos.8 Sarta pangantene putri kaparingan

pangageman mori alus kang putih resikgumilap!”

Page 1076: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 19.9–15 53

(Anadene mungguh mori alus iku ngibaratikautamane para suci).

9 Aku tumuli dipangandikani mangkene:“Nulisa: Rahayu para kang tinimbalan marangbujana pikramane Sang Cempe.” Sartaaku dipangandikani maneh: “Iki sabdaneGusti Allah kang satuhu.” 10 Aku banjurnyungkemi sampeyane kang ngandika mauarep sujud, nanging tumuli dipangandikani:“Aja mangkono! Aku iki padha kaya kowe lanpara sadulurmu, kang nduweni pasekseneGusti Yesus. Sujuda marang Gusti Allah! Awitmungguh paseksene Gusti Yesus iku rohingpamedhar wangsit.”

Sabdaning Allah

19:11-1611 Aku banjur weruh swarga menga: lah,

ana sawijining jaran putih; dene asmanekang nitihi: “Kang Setya lan Kang Sanyata.”Panjenengane ngadili lan merangi kalawanadil. 12 Tingale kaya urubing geni lanmustakane ngagem makutha akeh, sartaPanjenengane ngagem ciri seratan asmakang ora kasumurupan ing wong, kajabamung sarirane piyambak. 13 Pangagemanerasukan jubah kang wus kacelup ing getih,sarta asmane kasebut: “Sabdaning Allah.”14 Anadene wadya-bala ing swarga padhandherekake tindake; lan padha nunggangjaran putih sarta manganggo mori alus kangputih resik. 15 Ing tutuke metu pedhange

Page 1077: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 19.16–20 54

kang landhep, kang bakal disabetake marangsakehing bangsa. Dene Panjenengane kangbakal ngengen kalawan lantaran wesi lanbakal meres anggur ana ing pamipitan angguryaiku bebenduning dukane Gusti Allah, KangMahakuwaos. 16 Anadene jubahe, lan wentisetinulisan asma: “Ratune para ratu lan Gustinepara gusti.”

Si kewan lan nabine kakalahake

19:17-2117 Aku tumuli weruh malaekat jumeneng ana

ing srengenge, sarta nguwuh kalawan swarasora marang sakehe manuk kang mabur anaing awang-awang, dhawuhe: “Mrenea, padhanglumpuka ing bujanane Gusti Allah, bujanakang gedhe, 18 padha mangana dagingepara ratu, lan daginge para tetindhihingperang sarta daginge para pahlawan, apadenedaginge jaran lan kang padha nunggangi sartadaginge sarupaning wong, kang mardika lanbatur tukon, wong cilik lan wong gedhe.”

19 Aku tumuli weruh si kewan iku lan pararatu ing bumi sabalane padha nglumpuknglawan perang marang Kang Nitih turanggalan sabalane mau. 20 Si kewan tumulikacekel, dalah kang ngaku-aku nabi, kangwus nindakake mukjijat ana ing ngarepe,kagawe srana nasarake wong kang wuspadha nampani cirine si kewan lan padhasujud marang recane. Sakarone padhakacemplungake ing sagara geni kang murub

Page 1078: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 19.21–20.5 55

nganggo welirang urip-uripan. 21 Dene liyanepadha kapatenan dening Kang Nitih turanggasarana pedhang, kang metu saka ing tutuke;sakehe manuk padha wareg anggone manganidaginge.

Kraton sewu taun

20:1-6

201 Aku tumuli weruh ana malaekattumedhak saka ing swarga ngasta

kuncine jurang lan rante gedhe ing astane;2 malaekat mau nyepeng si naga, si ulatuwa iku, yaiku si Iblis lan si Setan. Tumulidirante sewu taun lawase, 3 banjur diuncalakemenyang ing teleng, ditutup lan ing dhuwuredisegel, supaya si Iblis lan si Setan ikuaja nasarake para umat maneh sadurungepundhat sewu taun mau; sawise mangkonobakal kauculake sawatara mangsa.

4 Aku banjur weruh dhampar-dhamparlan kang padha nglenggahi; sarta tumulipadha kaampilan pangadilan. Aku uga weruhnyawane wong-wong kang wus katigas gulunemarga saka paseksene marang Gusti Yesuslan marga saka pangandikane Gusti Allah;kang ora padha sujud marang si kewan utawamarang recane, sarta ora nampani ciri ingbathuke lan ing tangane, iku kabeh padha uripmaneh ing ndherek jumeneng ratu kalawanSang Kristus lawase sewu taun. 5 Nangingwong-wong mati liyane iku ora padha uripmaneh sadurunge pundhat sewu taun mau.

Page 1079: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 20.6–10 56

Iya iku patangen kan kapisan. 6 Rahayulan suci wong kang kaparingan pandumaning patangen kang kapisan iku. Wong ikupadha ora kawasesa maneh dening pati kangkapindho, nanging bakal padha dadi imameGusti Allah lan Sang Kristus, sarta bakalndherek jumeneng ratu kalawan Panjenenganenganti sewu taun lawase.

Iblis diukum

20:7-107 Anadene sawuse genep sewu taun iku

mau, Iblis tumuli bakal kaluwaran saka ingpakunjarane, 8 sarta bakal metu nasarake parabangsa kang ana ing pojoking bumi papat,yaiku Gog lan si Magog, pada diklumpukakekaajak perang, cacahe kaya wedhi ing sagara.9 Tumuli padha nglurug mratani saindengingjagad, sarta ngepung pakuwone para wongsuci lan kutha kang kinasih iku. Nangingbanjur ana geni tumurun saka ing langit,mangsa wong-wong iku mau, 10 dene Iblis,kang nasarake wong-wong mau, tumulikacemplungake ing sagara geni lan welirang,yaiku kang wus kaenggonan si kewan lan nabipalsu, lan iku bakal padha kasiksa rina-wengilanggeng ing salawas-lawase.

Page 1080: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 20.11–21.2 57

Pangadilan ing dina wekasan

20:11-1511 Aku banjur weruh dhampar gedhe putih

lan Panjenengane, kang nglenggahi. Bumi lanlangit padha sirna saka ing pangayunane lanwus ora ketemu maneh papane. 12 Aku tumuliweruh wong mati, gedhe cilik, padha anaing ngarep dhampar, banjur ana kitab-kitabkang padha kabukak. Lan ana kitab liyanemaneh kang kabukak, yaiku kitabing kauripan.Wong-wong mati mau tumuli padha diadilimiturut panggawene adhedhasar apa kangkatulis ing kitab-kitab mau. 13 Anadene sagaramasrahake wong-wong mati kang ana ingjerone, lan iku diadili miturut sapanggawenedhewe-dhewe. 14 Sarta pati lan karajaning patipadha kacegurake ing sagara geni. Yaiku patikang kapindho: sagara geni. 15 Dene sabenwong kang jenenge ora katulis ana ing kitabkauripan iku, iku kacemplungake ing sagarageni.

Langit anyar lan bumi anyar

21:1-8

211 Aku tumuli weruh langit anyar lanbumi anyar, awit langit kang kapisan lan

bumi kang kapisan wus sirna, lan sagara ugawus ora ana maneh. 2 Lan aku weruh kuthasuci, Yerusalem kang anyar, tumurun sakaing swarga, saka ing Allah, kang pinaesan

Page 1081: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 21.3–8 58

kaya panganten wadon kang dinandananlumadi marang priyane. 3 Aku banjur krunguswara seru kang ngandika saka ing dhampariku: “Wruhanamu, tarube Gusti Allah ana ingtengahing manungsa, lan Panjenengane bakaldedalem ana ing antarane. Iku bakal padhadadi umate lan Panjenengane bakal dadiAllahe. 4 Sarta Panjenengane bakal ngusapisakehe luh saka ing mripate, lan bakal oraana pati maneh; kasusahan lan pasambatapadene karubedan iya bakal wus ora ana;amarga samubarang kang lawas wus padhakapungkur.”

5 Kang lenggah ing dhampar banjur ngandika:“Wruhanira, samubarang kabeh Sundadekakeanyar!” Lan pangandikane: “Sira nulisa, awitpangandika iki patitis lan nyata.” 6 Sartaaku dipangandikani maneh mangkene:“Samubarang kabeh wus kalakon. Ingsun ikiSang Alfa lan Sang Omega, Kang Murwanilan Kang Mungkasi. Wong kang ngelak bakalSunparingi ngombe kanthi lelahanan sakatuking banyu kauripan. 7 Sing sapa unggul,bakal tampa iki kabeh, sarta Ingsun bakal dadiAllahe, lan dheweke bakal dadi PutraningSun.8 Nanging para wong kang jirih, lan wong kangora pracaya, kang ambek nistha, kang mateniwong, kang laku jina, kang olah panenungan,kang nyembah brahala, lan sakehe wong kangpara-cidra, iku pandumane ana ing sagarageni lan walirang kang murub; yaiku pati kangkapindho.”

Page 1082: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 21.9–17 59

Yerusalem kang anyar

21:9--22:59 Sawijining malaekat panunggalane

malaekat pitu kang ngasta bokor pitu kebakisi wewelak pitu kang wekasan iku rawuh lanbanjur ngandika: “Mrenea, kowe daktuduhipanganten putri, garwane Sang Cempe.”10 Tumuli sajrone kalimputan ing Roh iku,aku digawa menyang ing gunung kang gedhelan dhuwur, banjur dituduhi kutha kang suci,yaiku Yerusalem kang tumurun saka ingswarga, saka Gusti Allah. 11 Kutha iku kebakkamulyan lan cahyane Allah, kaya sesotyakang adi pinunjul, kaya sesotya yaspis, beningsaemper kristal. 12 Balu-wartine gedhe landhuwur, gapurane rolas; lan ing sadhuwuregapura-gapura mau ana malaekate rolas,sarta ana tulisane, yaiku jenenge taler Israelrolas. 13 Ing sisih wetan ana gapurane telu, ingsisih lor telu, ing sisih kidul telu, ing sisih kulontelu. 14 Sabanjure baluwartine kutha iku anawatune tetales rolas, ing dhuwur kacirenanjenenge para rasule Sang Cempe rolas.

15 Anadene kang mangandikani aku ikungasta lantaran ukuran mas, kagem ngukurkutha iku, dalah gapurane lan baluwartine.16 Wangune kutha mau pesagi, dawane padhakaro ambane. Dene anggone ngukur nagaraiku kalawan teken ukuran mau: tinemuneana rolas ewu stadi; dawane lan ambanetuwin dhuwure iku padha. 17 Dene baluwartine

Page 1083: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 21.18–27 60

diukur tinemu satus patang puluh papat asta,manut ukurane manungsa, kang iya dadiukurane malaekat. 18 Baluwartine iku kangkagawe sotya yaspis; lan kuthane dheweiku mas tulen, kaya kaca murni. 19 Tetalesebaluwartining kutha padha rinengga ingsesotya adi mancawarna. Tetalese kangkapisan iku yaspis, kang kapindho nilam,kang katelu mirah, kang kapat jumerud,20 kang kalima sardonik, kang kanem sardis,kang kapitu retna cempaka, kang kawoluberil, kang kasanga krisolit, kang kasepuluhkrisopas, kang kasewelas lazuardi, lan kangkarolas kecubung. 21 Gapurane rolas iku arupamutyara rolas; siji-sijining gapura wujudmutyara siji, lan dalan-dalane nagara iku masmurni, kaya kaca kang bening.

22 Lan ana ing kono iku aku ora weruhPadaleman Suci; amarga Pangeran Allah,Gusti kang Mahakuwaos iku PadalemanSuci, mangkono uga Sang Cempe. 23 Sartamaneh kutha iku ora mbutuhake padhangingsrengenge lan rembulan, amarga cahyakamulyane Gusti Allah kang madhangi lanSang Cempe kang dadi damare. 24 Para bangsabakal padha lumaku ana ing pepadhange sartapara ratu ing bumi padha ngasta kaluhuranemrono; 25 gapurane ora bakal kainebakeing wayah awan, awit ing kono bakal oraana bengi maneh. 26 Karodene raja-peninelan kaluhurane para bangsa bakal kagawalumebu mrono. 27 Nanging sabarang kangnajis ora bakal bisa mlebu mrono, uga wong

Page 1084: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 22.1–6 61

kang nglakoni kanisthan, tuwin para cidra;nanging mung wong-wong kang jenengepadha katulisan ing kitab kauripan kagunganeSang Cempe.

221 Aku tumuli dituduhi bengawan banyupanguripan, kang bening kaya kristal,

kang mili metu saka ing dhampare Gusti Allahlan dhampare Sang Cempe. 2 Ing satengahedalaning kutha iku, yaiku ing sakiwa-tengenebengawan, ana wit-wit panguripan kangmetokake woh ping rolas, saben sasi sapisan;anadene godhonge wit-wit mau dianggomulyakake para bangsa. 3 Sarta bakal ora analaknat maneh. Dene dhampare Gusti Allahlan Sang Cempe bakal ana ing tengahe, lanpara abdine bakal padha ngabekti marangPanjenengane, 4 lan bakal padha nyawangpasuryane lan bathuke bakal padha kacirenanAsmane. 5 Lan ing kono ora bakal ana wayahbengi maneh, sarta ora susah nganggopadhanging damar utawa srengenge, amargaPangeran Allah kang bakal madhangi, sartawong-wong mau bakal padha mrentah kayaratu langgeng ing salawas-lawase.

Rawuhe Gusti Yesus

22:6-176 Aku tumuli dipangandikani mangkene:

“Pangandika iku mau patitis lan nyata, sartaPangeran, Allah kang paring roh marang paranabi, wus ngutus malaekate supaya nuduhake

Page 1085: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 22.7–15 62

marang para abdine apa kang pinesthi enggalkalakon.”

7 “Lah Ingsun bakal enggal rawuh. Rahayuwong kang netepi ing pangandika wedharingwangsite kitab iki!”

8 Anadene aku, Yokanan, kang wus ndelenglan krungu prakara iku mau kabeh. Lansawuse krungu lan ndeleng, aku tumulisumungkem ing sampeyane malaekat, kangwus nedahake iku mau kabeh marang aku,arep sujud. 9 Nanging dhawuhe marang aku:“Aja mangkono! Awit aku iki dadi kancamuabdi, padha kaya kowe lan sadulur-sadulurmu,para abdi, lan para kang netepi pangandikanekitab ini. Sujuda marang Gusti Allah!”10 Tumuli pangandikane maneh marang aku:“Pangandika wedharing wangsite kitab iki ajasira segel, awit wektune wus cedhak. 11 Singsapa gawe duraka, terusa gawe duraka, singsapa jember, terusa njemberake awak; lansing sapa laku bener, terusa laku bener; singsapa suci, cikben terus nucekake awake!”

12 “Lah Ingsun bakal enggal rawuh, sartangasta ganjaraningSun, kagawe males marangsawiji-wijining wong miturut sapanggawene.13 Ingsun iki Sang Alfa lan Sang Omega, KangMurwani lan Kang Mungkasi, Kang Wiwitan lanKang Wekasan.

14 Rahayu wong kang padha ngumbahsandhangane. Iku kang bakal padha duwewewenang tumrap wit-wit panguripan, lanlumebu ing kutha, liwat ing gapura-gapurane.15 Nanging asu lan juru tenung, tuwin

Page 1086: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 22.16–20 63

wong-wong kang laku jina, wong gawe pati,lan kang nyembah brahala, sarta sok wongakang dhemen lan nglakoni para-cidra, ikuana ing sajabaning kutha. 16 Ingsun, Yesus,wus ngutus malaekatingSun supaya awehpaseksen tumrap prakara iku mau kabehmarang sira kanggo pasamuwan-pasamuwan.Ingsun iki sogol, yaiku trahe Dawud, lintangpanjer esuk kang mancorong.”

17 Apadene Sang Roh lan panganten putripadha nyebut: “Paduka mugi rawuh!” Lan sapakang krungu, iku munjuka: “Paduka mugirawuh!” Lan sapa kang ngelak, majua lan sapakang arep, njupuka banyu panguripan kalawanlelahanan.

Panutup

22:18-2118 Aku pratela marang saben wong kang

ngrungokake ing pangandika wedharingwangsite kitab iki: “Manawa ana wong kangmuwuhi apa-apa ing pangandika iki, GustiAllah mesthi bakal muwuhi wewelak marangdheweke padha kaya kang katulisan ing kitabiki. 19 Lan manawa ana wong kang ngurangiing pangandikane kitab wedharing wangsitiki, Gusti Allah bakal mundhut pandumanesaka ing wit panguripan lan saka ing kuthasuci, kaya kang katulisan ana ing kitab iki.”20 Kang nglairake paseksen bab iki mau kabehngandika mangkene: “Iya, Ingsun enggal

Page 1087: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

WAHYU 22.21 64

rawuh!” Amin, inggih Gusti Yesus, Padukamugi rawuh!

21 Sih-rahmate Gusti kita Yesus Kristusnunggila ing kowe kabeh! Amin.

Page 1088: Alkitab Bahasa Jawa 1981 - download.sabda.orgdownload.sabda.org/mobile/pdf/part/s_JAWA_PB.pdf · MATEUS2.4–11 4 ugawongsakuthaYerusalemkabeh.4Sang Prabubanjurnimbalisakeheparapangareping

Alkitab Jawa===============

(Javanese Formal Translation)

© 1981 LAI

Bible texts are from

https://www.youversion.com/bible

http://bibles.org/versions/jav-JAV

===========================