ulangan 1 jawa 5 sm 2

Upload: ahyar

Post on 30-Oct-2015

364 views

Category:

Documents


1 download

DESCRIPTION

ulangan harian

TRANSCRIPT

ULANGAN HARIANSEKOLAH DASAR NEGERI PERCOBAAN 2

Alamat : Sekip, Catur tunggal, Depok, Sleman Yogyakarta.

Telepon: (0274) 566682

Mata Pelajaran

: Bahasa JawaKelas / Semester: 5 / II

Hari, Tanggal:

Nama / No. Absen : .................. ./ .Paraf Ortu : .

Wacanen kang patitis!

KARNA TANDHING

Kacarios Adipati Karna nedya nglajengaken yudanipun tanding kaliyan Raden Janaka. Raden Janaka badhe kajemparing mawi pusakanipun ingkang nama Wijayadanu, kaesthi murih kenging jangganipun.

Mulat Sang Prabu Salya, sareng priksa ingkang putra ngembat jemparing pusaka, salebating penggalih boten tega dhateng Raden Janaka menawi dumugi ing sirna, mila megeng napas. Sesarengan kaliyan lepasing Wijayadanu, rata kagenjot dening Prabu Salya. Lampahing jemparing boten miturut paciptanipun.Waspada Bathara Kresna priksa yen Raden Janaka wonten bebaya. Mila lajeng kadhawuhan medhak, Wijayadanu boten ngengingi jangga, Hanaging kenging ukel, lajeng udhar. Kocapa Dewa Suralaya priksa lajeng Raden Janaka pinaringan topong.

Sareng ngagem topong candranipun Raden Janaka boten wonten bedanipun kaliyan ingkang raka Adipati Karna. Bebasan kados jambe sinigar, Mila Baratayuda lampahan punika ugi kawastanan lampahan "Karna Tandhing" amargi ingkang andon yuda kados dene Karna kaliyan Karna (kembar).

I. Wenehna tandha ping (X) ing aksara a, b, c, utawa d ing pratelan sing bener!

1. Sing dadi senapatining Kurawa yaiku ....

A. Raden JanakaB. Adipati Karna

C. Prabu Salya

D. Bathara Kresna

2. Sing nandhingi Adipati Karna yaiku ....

A. Prabu Salya

B. Bathara Kresna

C. Dewa Suralaya

D. Raden Janaka

3. Adipati Karna iku yen karo Raden Janaka keprenah ....

A. Sadulur enom

B. Sadulur tuwa sing pembarep

C. Sadulur tunggal bapak ibu

D. Adhi4. Wijayadanu iku pusakane ....

A. Adipati Karna

B. Prabu Salya

C. Dewa Suralaya

D. Bathara Kresna5. Wacan ing dhuwur kapethik saka Serat ....

A. Baratayuda

B. Jaka Lodhang

C. Ramayana

D. Wulangreh

6. Wis akeh prajurit sing tiwas kena jemparing.

Tembung jemparing tegese ....

A. Keris

B. Panah C. TumbakD. Cemethi7. Adipati Karna bareng mireng ature ingkang rayi, krasa trenyuh.

Tembung trenyuh tegese ....

A. Seneng

B. BungahC. MaremD. Sedhih8. Kreta mesat kaya kilat, tumuju ing payudan.

Tembung payudan tegese ....

A. Papan kanggo balapan jaran

B. Papan semedi

C. Papan ngaso

D. Papan perang

9. Yen mlaku metu sisih kiwa, ngati-ati.

Kosok baline ngati-ati yaiku ....

A. Sak senenge

B. SembranaC. SakepenakeD. Ngece-ece

10. Gatekna geguritan ing ngisor iki! Pustaka, kurunganing ngelmu Sliramu bisa

Nanging bisa ditakoni

Pituduhmu mikolehi

Dadi pepedhanging ati

Irah-irahan sing cocok kanggo geguritan ing dhuwur yaiku ....

A. NgelmuB. PustakaC. KurunganD. Pituduh11. Wosing maca geguritan, perlu digatekake ....A. Irah-irahan

B. Akehe ukara

C. PangripataneD. Lagune12. Tawon madu ngisep sekar,

Kanggo ngganepi isi parikan ing dhuwur, ukara sing cocok yaiku ....A. Tuku tahu menyang pasar

B. Tanggal telu tampa bayar

C. Golek ngelmu kudu sabar

D. Mantene metu tamune bubar

13. Tulisan jawa ing sisih tengen pamacane sing bener yaiku ....

A. Wong Sala Ian sasedulur

B. Wangsa lelana kepungkur

C. Wasalamualaikum

D. Wangsalan ing sekar Pangkur

14. Sing dudu kesenian tradisional yaiku ....

A. Wayang kulit

B. KethoprakC. Ludruk.

D. Dansa15. Kesenian tradisional sing isih lestari ing kabupaten Kulon Progo yaiku ....

A. AnggukB. LudrukC. DhogerD. Tari topeng Minak Jingga

II. Ceceg-ceceg ing ukara ngisor iki isenana nganggo wangsulan sing mathuk!

16. Parikan iki rampungna!

Ngasah arit nganti landhep. Dadi murid ....sing sregep17. Gamelan diarani jangkep utawa komplit yen nduweni seperangkat laras pelog lan selendro18. Wong sing pagaweane nabuh gamelan jenenge niyaga19. Tali gong jenenge GAYOR20. Bumine horeg ngetog katyasane.

Tembung horeg tegese obah kabeh21. Geguritan iku olehe maca kudu nganggo NEMBANG22. Paribasan iki rampungna!

Timun wungkuk jaga imbuh23. Ratu ing Ngamarta jenenge puntadewa24. Parikan iku unen-unen sing nganggo sampiran, isi Ian purwakanthi panutup25. Tembungmu aja nganti ngabangake kuping Ngabangake kuping tegese gawe wong nesu26. Bu Tini menyang sekolah numpak montor. Basa krama aluse numpak yaiku nitih27. Pedamelanipun dhalang nglampahaken ringgit. Tembung nglampahaken asale saka tembung ng-lampah-aken28. Adhimu bola ball dolan mrene.

Miturut dhapukane, tembung bola-bali klebu tembung dwi lingga salin swara29. Isenana nganggo tembung pitakon sing cocok! Carane gawe layangan? Kepriye,piye30. Sing seneng colong mesthi didohi kanca. Tembung colong benere nyolong

NILAI