paragraf (wacana)

15
PARAGRAF (WACAN) wcn\

Upload: yuliahertismansa

Post on 30-Jun-2015

2.076 views

Category:

Travel


2 download

TRANSCRIPT

Page 1: Paragraf (Wacana)

PARAGRAF (WACAN)

wcn\

Page 2: Paragraf (Wacana)

Miturut isine, wacana/paragraf kaperang dadi lima, yaiku :

1. Narasi2. Argumentasi

3. Deskripsi4. Persuasi5. Eksposisi

Page 3: Paragraf (Wacana)

Narasi Yaiku karangan utawa paragraf, utawa pada kang nyritakake kedadeyan kanthi wektu utwa prastawa kang runtut saka wiwitan nganti pungkasan. Sok sapa sing maca paragraf iki kaya-kaya nglakoni kaya dene kedadeyan kang ana ing jroning crita.

Crita narasi bisa nduweni sipat fakta lan fiksi (crita sing direka).Tuladha crita fakta : pengalaman pribadi,

otobiografi, biografi.Tuladha crita fiksi : novel, cerkak, cerbung.

Page 4: Paragraf (Wacana)

Tuladha wacan narasiSumilaking Mendhung

(dening Sukarmi)

Swasana wengi iku pancen sepi. Tan ana swara ne sato kewan wengi kang ngumandhangake kidung kaendahan. Sepining wengi tambah sansaya sepi kanthi tumibaning udan riwis-riwis kang wiwit sore ora mandheg-mandheg. Hawane sansaya kekes. Ora maido yen sato kewan wengi sarta jalma manungsa luwih seneng ana padunungane dhewe-dhewe ngumbar pangangen-angen. Tan prabeda karo Ningrum. Kenya lencir kuning iku lungguh ijen ana ruwang tamu.

Page 5: Paragraf (Wacana)

Argumentasi

Yaiku karangan utawa paragraf kang isine ngenani panemu kanthi linambaran alesan-alesan kang mathuk.

Page 6: Paragraf (Wacana)

Deskripsi

Yaiku karangan utawa paragraf kang isine nggambarake sawijining objek (bisa panggonan utawa wewujudan liyane)kanthi terwaca. Sok sapa kang maca paragraf iki kaya-kaya ngerti dhewe objek kang digambarake ana ing jroning paragraf iki.

Page 7: Paragraf (Wacana)

Tuladha wacan deskripsi

…Candhi Siwa ing tengah-tengah, isine

patang kamar, ben kamar madhep arah keblat. Candhi Siwa kang kalebu reca Bathara Siwa sing dhuwure telung meter, dene sing telu isine reca-reca sing ukurane luwih cilik, yaiku reca Durga, Sakti (garwa Bathara Siwa), Agastya gurune, lan Ganesha putrane.

Page 8: Paragraf (Wacana)

Persuasi

Yaiku paragraf utawa karangan kang isine ngajak para pamaca supaya nglakoni apa kang dikandhakake panulis.

Page 9: Paragraf (Wacana)

Eksposisi

Yaiku paragraf utawa karangan kang isine njlentrehake nganti cetha terwaca.

Page 10: Paragraf (Wacana)

Tuladha wacan eksposisi

Upacara Wiwit

Wiwit mujudake tatacara Jawa sing diadani saben panen pari. Tatacara Wiwit wis arang keprungu, nanging dening warga Dhusun Nitiprayan ,Kasihan, Bantul, isih diuri-uri. Salah sijining tokoh masyarakat sing asring nyepuhi upacara Wiwit (methik pari) asmane Mbah Sedyaprada (65 taun). Duwe anak enem, kabeh wis mentas, ana sing dadi guru, ana sing nyambut gawe swasta. Senajan mung buruh biasa, panjenengane sing dipitaya warga amrih mimpin acara Wiwit. Ing ngisor iki katur wawancarane Jaya Baya karo Mbah Sedyaprada bab upacara Wiwit.

“Kados pundi Mbah, larah-larahipun wonten upacara Wiwit?” “Upacara Wiwit, nek neng Jawa Timur karan upacara methik pari.

Kapan dianakake sing sepisanan, aku ora ngerti, jalaran aku mung nerusake tilarane leluhur.”

Page 11: Paragraf (Wacana)

Golekana tuladha-tuladha paragraf/ karangan narasi, deskripsi, eksposisi,

argumentasi, lan persuasi ana ing maneka sumber wacan, kayata kalawarti basa Jawa

(Panjebar Semangat, Jaya Baya), buku Kabeh Seneng Basa Jawa 1!

Yen wis tulis/ foto copy, banjur tempelake ana ing buku tugasmu!

TUGAS

Page 12: Paragraf (Wacana)

unen-unen ing ngisor iki terangana tegese nganggo tembung kang cumawis ing sisih tengene!

1. Adigang, adigung, adiguna2. Pitik trondhol diumbar ing

padaringan.3. Sapa nandur bakal ngundhuh.4. Yitna yuwana lena kena.5. Ana catur mungkur.6. Kadang konang.7. Ing ngarsa sung tuladha, ing

madya mangun karsa, tut wuri handayani.

8. Gajah ngidak rapah.9. Ngubak-ubak banyu bening10. Timun mungsuh duren.

a. Sing sapa ngati-ati bakal selamet,sing sapa kurang wiweka bakal cilaka.

b. Wong cilik mungsuh wong gedhe.c. Ing ngarep dadi conto, ing tengah

nuwuhake greget, ing buri menehi panyengkuyung.

d. Ngendel-ngedelake kekuwatan, kaluhuran, lan kapinteran.

e. Gawe rusuh papan tentrem.f. Wong ala dipasrahi barang kang aji,

wekasane malah ngentek-ngentekke.g. Sapa tumindak bakal oleh piwales.h. Ngaku sedulur yen katon sugih.i. Wong kang nerak marang wewalere

dhewe.j. Ora ngrewes perkarane wong liya.

Page 13: Paragraf (Wacana)

kw(wy= pu/w

Page 14: Paragraf (Wacana)

pnDitfu/n

Pandhita Durna iku nalika isih timur kekasih Bambang Kumbayana. Bambang Kumbayana putrane ratu ing Negara Atas Angin kang jejuluk Prabu Barat Waja.Pandhita Durna minangka pandhita ana ing Pertapan Sokalima. Nduweni jejibahan nggulawenthah tedhak turune negara Ngastina, yaiku Pandhawa lan Kurawa.

Murid kinasihe yaiku Raden Arjuna. Pandhita Durna kagungan putra kang asesilih Aswatama. Aswatama kuwi putrane Pandhita Durna patutan saka Dewi Wilutama.

Nalika ana ing perang gedhe Baratayuda Jayabinangun, Pandhita Durna dadi senopatine Prajurit Ngastina.Pandhita Durna kasoran lan gugur dening Raden Drestajumena.

Page 15: Paragraf (Wacana)

tem=B) tem=B) aiki ap tege[sS

TimurKekasihJejulukPertapanJejibahanNggulawenthah

Tedhak turuneKinasihAsesilihPatutanSenopatiKasoran