kajian buku teks

13
Wulangan 1 PENDIDIKAN Gambar 1.1 Salah sawijining kahanan pendidikan ing Indonesia.

Upload: wahyuni-fukadilah

Post on 11-Aug-2015

77 views

Category:

Data & Analytics


12 download

TRANSCRIPT

Page 1: Kajian buku teks

Wulangan

1

PENDIDIKAN

Gambar 1.1 Salah sawijining kahanan pendidikan ing Indonesia.

Page 2: Kajian buku teks

Kabeh para manungsa iku mesti merlokake pendidikan, amarga pendidikan

iku mau kanggo nemtokake panguripan ing ngarepe. Pendidikan iku sejatine uwis

diwarahake wiwit bayi marang wong tuane supaya mengko gedhene bisa nambah

pendidikan kang luwih dhuwur meneh. Pendidikan iku wajib dilaksanakake wiwit

TK, SD, SMP, SMA, nanging jaman saiki para masyarakat nuntut pendidikan

nganthi sarjana uga kanggo golek jabatan kanggo makaryo.

A. Wacan

Wacanen anggitan babagan kahanan sekolah ing ngisor iki kanthi patitis!

SD MUHAMMADIYAH BANYURADEN

FASILITAS DADI SARANA

NYENGKUYUNG PRESTASI SISWA

Sumber: Novi DL

Gambar 1.2 Gedhung anyar SD Muhammadiyah Banyudaren

Kompetensi DasarMendengarkan Teks BeritaIndikatorMampu memberikan tanggapan tentang berita yang dibaca.Mampu menjelaskan isi berita kembali.Mampu menjawab pertanyaan sesuai teks berita.

I. Maca

Page 3: Kajian buku teks

Sarana lan fasilitas kang nyukupi dadi salah sijine faktor penting ing jagad

pendhidhikan. Gedhung sekolah dadi salah sawijine sarana penting kanggo nyengkuyung

proses pasinaon siswa. Semono uga SD Muhammadiyah Banyuraden kang mapan ing Dukuh

Banyuraden, Gampinh, Sleman, Yogyakarta iki lagu wae ngrampungake pembangunan

saperangan gedhung sekolah.

Sanajan gedhung sekolah durung komplit anggone mbangun, SD kang siswane 213

iki tetep optimis bisa unggul ing babagan akademis lan non akademis. Ekstrakulikuler dadi

salah sawijine kegiyatan kanggo ngrembakake bakat lan minat siswa. Saperangan prestasi

non akademik lan akademik diasilakesiswa-siswa SD Muhammadiyah Banyuraden, antarane,

drumband sa Jogja Jateng, Olimpiade MIPA 2011, Adzan MTQ, seni swara keagamaan

(Qosidahan), MTQ Putri, juwara Tapak Suci Tingkat Propinsi taun 2012, Juwara basa

Inggris sa Kecamatan, lan sapanunggalane.

Sekolah kang dipimpin dening Kepala Sekolah Madilah, S.Ag iki prestasi babagan

akademik ora kalah karo SD liyane. Taun ajaran 2011/2012 SD Muhammadiyah Banyuraden

rata-rata ujian Nasional 25,11. Sekolah kang ngusung visi “unggul dalam prestasi, berakhlak

mulia serta terdepan dalam masyarakat” iki madeg wiwit 1 Januari 1972 kanthi jeneng SD

Muhammadiyah Ambarketawang V, banjur wiwit 8 Agustus 1994 nganti saiki ganti jeneng

dadi SD Muhammadiyah Banyuraden.

Sumber : Djaka Lodang No.44 edisi Sabtu Pon, 30 Maret 2013

A. Mangsuli Pitakon

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!

a. Apa topike bacaan ing dhuwur?

b. Prestasi apa wae kang wis diraih SD Muhammadiyah Banyuraden?

c. Apa visi kang diusung SD Muhammadiyah Banyuraden?

d. Apa kang dadi salah sijine faktor penting ing jagad pendhidhikan?

e. Tahun pira SD Muhammadiyah Banyuraden dibangun?

B. Gladhen

Gawea opini kang isine nyritakake kahanan sekolahmu ngenggo bahasamu

dhewe, banjur critakna ana ing ngarep kelas!

Page 4: Kajian buku teks

A. Pacelathon

Tindakna pacelathon ing ngisor iki kanthi trep!

Pengumuman

Bapak : “le, yahmene kok wis bali?”

Joko : “inggih pak, dinten menika ing sekolahan wonten acara. Mulane wangsul radi gasik

Pak.”

Bapak : “Acara apa le?”

Joko : “Sedanten Guru wonten acara halal bihalal dateng kecamatan.”

Bapak : “Oalah, iya le. Mau entuk pelajaran apa wae?”

Joko : “Kathah pak, wonten sejarah Islam, Matematika aljabar, Bahasa Jawa maca

geguritan.”

Bapak : “Kowe bisa maca geguritan le?”

Joko : “Inggih saged Pak, Joko kan pinter”

“Pak, kula badhe matur ngengingi pengumuman ing sekolah wau.”

Bapak : “Pengumuman apa le, kok ketoke penting ngono”

II. Micara

Kompetensi DasarMelakukan percakapan dengan orang yang lebih tua, bercerita

IndikatorMampu melakukan percakapan dengan orang yang lebih tua dengan unggah-ungguh basa secara benar.Mampu menjelaskan isi pesan secara lisan.

MOTIVASI

Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani.

Page 5: Kajian buku teks

Joko : “Ngenten pak, ndek wau Bapak Kepala Sekolah ngendika menawi setiap murid

menehi sumbangan Rp.100.000,- kangge ngapikne sekolah amarga dana saking

Pemerinta dereng medal. Krana iku sekolahan nyuwun sumbangan.”

Bapak : “Lha endi ulem edarane le?”

Joko : “Inggih Pak, menika ulemipun Pak. Pripun pak?”

Bapak : “Iya le, Bapak gelem bayar, kuwi kanggo sekolahmu amrih kabeh oleh fasilitas sing

pener.”

Joko : “Inggih Pak, nuwun. Kula badhe sinau rumiyin Pak, amarga benjing ulangan.”

Bapak : “O... iya le. Sinau sing sregep, ben mbesuk uripmu kepenak ora kaya Bapakmu iki.

Mugi-mugi bisa dadi dokter.”

Joko : “Inggih Bapak.”

B. Mangsuli Pitakon

a. Sapa kang nindakake pacelathon kasebut?

b. Apa kang dadi inti saka pacelathon ing dhuwur?

c. Ana ngapa Joko mulih risik?

d. Apa ancas saka pengumuman ing pacelathon kasebut?

e. Apa pangarepane Bapak marang Joko?

C. Gladhen

a. Gawea pacelathon karo wong kang luwih tuwa ngangggo basa krama kang trep!

Page 6: Kajian buku teks

A. Legenda

Dumadine Tlaga Mandirda

Ana sawijining resi kang gentur tapane, jenenge Resi Gotama, kang mapan ing

Agrastina. Dhewekke resi kang duweni sisihan, sawijining widadari kang ayune pilih tanding,

arane Sang Dewi Windradi. Resi Gotama lan Dewi Windradi diparingi momongan cacah telu,

yaiku Dewi Anjani, Guwarsa, lan Guwarsi. Wektu semana uripe Resi Gotama lan Dewi

Windradi sawise diparingi momongan, tansah ayem lan tentrem.

Kocapa ing sawijining wektu, Guwarsa lan Guwarsi sawise ngancik dewasa, sowan

marang ramane Resi Gotama, jroning sowan marang Ramane, ora liya nyuwun pirsa marang

ramane, mbakyune Dewi Anjani, duwe dolanan Cupu Manik Astagina. Perlu kawuiningan

cupu manik astagina bisa kanggo nonton jagad saisine. Sang resi Gotama saknalika kaget,

jalaran dhewekke ora rumangsa maringi dolanan mau marang anjani. Ora sranta resi Gotama

methuki dewi Anjani lan takon kepriye larah-larahane kok entuk cupu manik kasebut. Dewi

anjani blakasuta yen sing marangi ora liya ibune dhewe (Dewi Windradi). Kaya ngapa nesune

Resi Gotama, sang resi ngerti sing duwe cupu manik astagina ora liya mung bathara surya.

Ing bathin resi Gotama ngira dewi windradi ana sesambungan peteng klayan bathara surya.

Pungkasane resi gotama kanthi kerot, takon marang garwane babagan cupu manik astagina.

Dewi windradi ditakoni sang resi, ora aweh wangsulan, mung meneng utawa mbisu. Sang

resi Gotama nesune ora bisa diampet, pungkasane dewi Windradi disotke dadi watu, nuli

ditedang tumeka alas Dameka.

Kocapa, putra-putrine katelu nangis bebarengan, padha jalukake pangapura marang

ramane. Emane bebasan “sega wis dadi bubur”, “wis kebacut unine, dewi windradi kudu

III. Nyemak

Kompetensi DasarMendengarkan Legenda

IndikatorMampu menceritakan kembali legenda Dumadine Tlaga MandirdaMampu menentukan pokok-pokok dalam legenda Dumadine Tlaga MandirdaMampu memberi tanggapan isi legenda Dumadine Tlaga Mandirda

Page 7: Kajian buku teks

nglakoni dosane. Sang dewi bisa maleh dadi manungsa maneh, besuk yen ana perang gedhe

negara Ngalengka.

Ora tekan semono dukane resi Gotama, nuli cupu manik astagina dibuwang menyang

alas. Ora dinyana, playune cupu nyemplung ing tlaga kang banyune kinclong-kinclong,

diarani tlaga Madirda. Wangune playune cupu manik astagina dioyak dening Guwarsa lan

Guwarsi, nganti direwangi nyemplung tlaga lan slulup. Bareng goleki ora ketemu nuli

mentas, pungkasane lelorone malih dadi kethek. Malah padha gelut adu kasekten. Semono

uga dewi anjani teka keri-keri, saking panase dhewekke nyedaki tlaga, enggal-enggal

dhewekke wisuh lan raup. Kaya ngapa kagete dene raine lan tangane malih kaya wulu kethek.

Dewi Anjani ngerti sing lagi perang tandhing mau adhine dhewe, pungkasane dipisah

dening mbakyune. Bareng wis padha sadhar lan nglenggana, Dewi Anjani, Guwarsa, lan

Guwarsi mulih sarta ngadhep resi Gotama, lan ngaturake kaluputane. Sang resi Gotama

paring wulangan, kangen surasane ora becik yen nganti rebutan kang dudu darbeke, wusana

kang dijangka ora bakal kaleksanan. Guwarsa lan Guwarsi diganti jenenge Sugriwa lan

Subali. Kanggo nebus dosane, anak tetelune mau nindakake tapa. Dhawuhe Anjani tapa

mencolot-mencolot kaya kodhok, Sugriwa tapa nggandul kaya lawa, dene Subali tapa ngadeg

ngececer lan sedhakep ing alas Sonyapringga.

B. Mangsuli Pitakon

1. Resi Gotama lan Dewi Windradi kagungan putra pira? Aranana!

2. Apa kang jalari para putrane resi Gotama padha regejekan?

3. Dewi Windradi disotake Resi Gotama dadi apa lan katendang nganti tekan

ngendi?

4. Kanggo nebus dosane, para putrane resi Gotama kudu kepriye?

5. Piwulang apa kang bisa kapethik saka wacana ing dhuwur mau?

6. Tulisen ringkesan Dumadine Tlaga Mandirda nganggo bahasamu dhewe!

C. Gladhen

Goleka crita legenda sing ana ing daerahmu!

Page 8: Kajian buku teks

A. Ulem

Layang ulem yaiku layang kang isine ngabari marang wong liya (kang dituju) lan ngaturi

rawuh ing acara olehe duwe gawe utawa kagungan kersa. Layang iki dadi sesulihe wong

kang duwe gawe, amarga ora bisa mara utawa sowan dhewe, nanging mung cukup nyambat

wong liya saperlu ngaturake ulem.

Mungguh panggawene layang ulem sejatine ora gampang, jalaran wong sing ngulemi

duwe karep supaya wong sing diulemi kersa rawuh kanthi gumbriganing ati ing acara kang

wus katemokake.

Layang ulem iku bisa dibedakake antarane ulem resmi lan ulem ora resmi. Mung sejatine

susunan pokoke mirip utawa padha. Susunan pokok kang dikarepake, yaiku:

1. Titimangsa

2. Salam pambuka

3. Surasa basa/isi

4. Wasana basa/panutup

5. Peprenahan

6. Jenenge sing ngulemi

Ana ing ulem resmi biasane ditamabahi jenenge instansi(kepala surat), nomer, bab, lan

tembusan. Babagan ulem resmi bakal disinaoni ing wulangan bacute. Saiki kowe sinau gawe

ulem ora resmi.

Coba gatekna tuladha ulem wiwahan ing ngisor iki kanthi premati!

IV. Nulis

Kompetensi DasarMenulis Surat Undangan Pernikahan

IndikatorMampu menulis surat undanganMampu menyampaikan isi undangan secara lisan

Page 9: Kajian buku teks

Sidoarjo, 4 Januari 2013

Kairing sangunging pakurmatan,

Lumantar serat punika kula kekalih atur puninga ing panjenengan sekaliyan, manawi

Gusti Allah marengaken lan tanpa pambengan satunggal menapa kula gadhah kajat angemah-

ngemahaken anak kula ragil nama:

Susi Susilowati

Dhaup kaliyan

Budi Setiawan

Menggah ijab pinangkahipun ing dinten Rabu Wage surya kaping 8 Januari 2013,

wanci tabuh 09.00 WIB wonten ing griya kula Desa Bebangah Kabupaten Sidoarjo.

Ingkang punika, menawi ndadosaken dhanganing panggalih benjing ing dinten

kasebat kapranga paring sumrambah ing sadayanipun.

Wasana sanget ing pangajeng-ajeng kula menggah rawuh panjenengan sekaliyan.

Ndherek ngajeng-ajeng, Saking kula saha semah,

Damar Raharjo Andi Sukaca

B. Gladhen

Gawea tuladha ulem sing isine : undangan ulang taun ing omahmu, tanggal lan

panggone temtokno dhewe.