editor: haris supratno surana octo dendy heryanto yunita

50

Upload: others

Post on 20-Nov-2021

5 views

Category:

Documents


0 download

TRANSCRIPT

Page 1: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita
Page 2: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

Editor:

Darni

Haris Supratno

Surana

Octo Dendy Heryanto

Yunita Ernawati

Ilustrator: Tintin Kusumowati

Layout: Eko Rizal Fatikhin

Page 3: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

Atur Pangiring

Lare-lare ing jaman sapunika sampun boten kenal dongenge

simbah saderengipun mapan tilem, kados dene Keong Emas, cindhe

Laras, Pitik Karo Wedus Rebutan Sungu, Kancil, Brambang Abang

lan sapanunggalipun. Amargi simbah utawi tiyang sepuh sampun sami

boten purun ndongeng. Kawon kaliyan dongeng ing Televisi.

Lare-lare sampun boten maelu dongenge simbah. Lan mbok menawi

materi dongeng ingkang kirang narik kawigatosane lare.

Kathah-kathah dongeng punika mujudake nlegenda, sage,

utawi mite ingkang boten dipun tepangi malih kaliyan lare. Pramila

dipun betahaken materi dongeng ingkang ngginakaken latar cariyos

ingkang dipun akrabi lare ing saben dintenipun. Materi dongeng ing

udyana punika ingkang latar donyanipun lare ing saben dintenipun,

inggih punika Magetan mliginipun, bandheng giring lare remen maos

dongeng lan kaangkah saget nggagapi makna saha nilai-nilai luhur

ingkang kinandhut.

Wiwit sapunika manggaki taambali malih paring dongeng

dhateng putra wayah utawa anak dhidhik, pados lan milih dongeng

ingkang mupangati dhateng anak dhidhik. Dongeng saget ndhedher

kapribadhen lan nanemaken budhi pekerti ingkang luhur. Kejawi

menika dongeng saget muwuhi katresnaning tiyang sepuh dhateng

lare ingkang ing samangke kathah tiyang sepuh ingkang keca lan

iDongeng Saka MagetanLEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA |

Page 4: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

wekdal kangge nggulawentah putranipun. Prabawaning alam global

sampun boten saget kabendung.

Ing samangke boten sah was sumelang. Tasih wonten kan-

ca-kanca dwija ingkang tasih kersa nyerat ndongeng utawa wacan

bocah. Dongeng-dongeng wau kaimpun dados satunggaling buku

asesirah ”Pelangi Wacan Bocah lan Dongeng saka Magetan”.

Dongeng-dongeng wau kaserat dening sawetawis guru SD lan

PAUD ing tlatah Magetan.

Surabaya, 23 Juni 2020

Darni

ii Dongeng Saka Magetan | LEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Page 5: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

Daftar Isi

Petilasan Mbah Sabuk Alu.......................................................................1

Dwi Yulianti

Dadine Desa Mojopurno...........................................................................3

Kasmuti

Bocah Nrima..................................................................................................6

Ayu Sandhika D

Sejarah Desa Tapen..................................................................................11

Maryono

Bekti Marang Ibu.......................................................................................13

Lena Eriyana

Asal Usul Desa Dadi..................................................................................19

Ardila

Bocah Nakal................................................................................................24

Nurjanah

Manuk ing Rawa.......................................................................................28

Darni

Sinau Bareng ing Pinggir Kali...........................................................34

Octo Dendy Andriyanto

Dumadine Tlaga Sarangan..................................................................39

Yunita Ernawati

iiiDongeng Saka MagetanLEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA |

Page 6: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

Pratikele Syech Subakir kasebut ndadekake dhedhemit sarta jim pareyangan rinasa rusak katentremane. Mula Kyai Semar lan Togog sowan Syech Subakir ing pertapan. “Sinuwun, kula suwun panjenengan badhar anggen panjenengan mertapa wonten tlatah menika, amargi rakyat kula sami sambat benter,” ujare Kyai Semar.

1 Dongeng Saka Magetan | LEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

PETILASAN MBAH SABUK ALUDening: Dwi Yulianti

Rikala jaman semana, Tanah Jawa isih arupa ara-ara angker kang dienggoni para jin, setan lan roh. Kyai Semar lan Togog kang manggon ing Gunung Tidar, Magelang, Jawa Tengah minang-ka pangarsane utawa pemimpine. Sawijining wektu, rawuh ulama kang kagungan asma Syech Subakir saka Negeri Rum (Turki) kanthi tujuwan mbabar manung-sa ing Tanah Jawa, amarga kabeh manugsa wis muspra dipangan bangsa alus. Syech Subakir num-bali Tanah Jawa Ing Gunung Tidar lan menehi manungsa 20 pasang.

Page 7: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

“Mangertiya Kyai Semar lan Togog, tanah Jawa iki bakal dak tan-duri menungsa cacahe 20 pasang. Yen gelem mbok gawa, ya gawanen nanging sing ora gelem mbok gawa ya aja mbok peksa. Mbesuk yen titi wancine thukule keraton ing Tanah Jawa, diwiwiti dening ma-nungsa jejuluk Sabda Palon Naya Genggong, dadia abdi kang ngemong para ratu ing Tanah Jawa. Nanging yen wis lair Ratu Islam kowe kabeh balia menyang alammu maneh,” pituture Syech Subakir marang Semar lan Togog. Sawise Ing tanah Jawa tuwuh Krajan Hindhu-Budha Semar lan Togog manjilma dadi manungsa lan dadi abdi dalem raja-raja Jawa. Kyai Semar mrentahake bala tentarane kanggo njaga bumi ing Tanah Jawa. Salah sawijine titah aran Mbah Sabuk Alu kanggo njaga lan ngemong pendhudhuk ing sakupenge Gunung Lawu. “Sabuk Alu, awakmu dak paringi titah njaga Gunung Lawu lan ngemong masyarakat ing sakupenge Gunung Lawu,” pituture Kyai Semar. “Nuwun Inggih Kyai Semar, kula badhe ngestokaken dhawuh panjenengan.” Mbah Sabuk Alu manggon ing Gunung Lawu lan saben dinane Mbah Sabuk Alu ngalih-ngalih panggonane. Saben Jumat Legi rawuh ing Dukuh Jetak lan Gandek, tlatah Kelurahan Kawedanan. Mbah Sabuk Alu asring disuwuni tulung pendhudhuk, saengga dening mas-yarakat digawekake petilasan ing Dhukuh Gandek lan Jetak. Wiwit saka iku saben dina Jumat Legi ing sasi Syura, masyarakat Dhukuh Gandek lan Jetak nglakoni nyadranan ing petilasane Mbah Sabuk Alu saben tahun minangka wujud syukur marang Gusti Kang Maha Kuwasa.

2Dongeng Saka MagetanLEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA |

Page 8: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

3 Dongeng Saka Magetan | LEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Nalika jaman penjajahan Walanda, Kyai Mojo dadi penasihat perang Diponegoro. Kyai Mojo dhawuh marang putrane supaya enggal ninggalake desane, amarga anane Walanda kang ora disenen-gi masyarakat. Semono uga putrane sing enom didhawuhi tumuju menyang sisih wetane tlatah Gunung Lawu, saperlu nemoni panguasa uga sedulur saka kraton Mataram, asma Ki Mageti.

DADINE DESA MOJOPURNODening: Kasmutiti

Page 9: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

Kanthi nunggang jaran kang bregas, ngliwati alas, menek gunung lan gumuk, banjur mudhun ing jurang, putra Kyai Mojo tekan ing tlatah Ki Mageti yaiku Magetan. Sawise teka ngarepe Ki Mageti, putrane Kyai Mojo atur pitepungan, kenalan. "Nyuwun pangapunten Ki Mageti, abdi dalem putranipun Kyai Mojo." "O... sampeyan minangka putrane Ki Mojo, tegese keturunan Mojo pungkasan (putrane Mojo Kang Purno), aku bakal nimbali sampeyan, Mojopurno.” "Matur nuwun, Ki," ature putrane Ki Mojo.Nalika semana putrane Kyai Mojo dijenengi Mojopurno. Ki Mageti paring pamrayoga marang Mojopurno supaya manggon ing tlatah kang kurang luwih 3 km ing sisih wétane kutha Magetan. Pengikut lan wong-wong kang manggon ana ing sakubenge nyebut dheweke Ki Mojopurno. Sawise nyekel panguwasa sawetara wektu ing papan kasebut, Ki Mojopurno mrentahake para pandhereke kang setya, aran Ira Waja lan Paku Waja lan kanca-kancane supaya babad ing papan kang dhuwur kanthi tujuan kanggo ndeleng manawa ana mung-suh teka utamane wong Walanda. Amarga tumpukan lemah dening wong Jawa diarani punthuk, mula masyarakat sekitar ngarani tlatah kasebut Dukuh Punthuk.

4Dongeng Saka MagetanLEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA |

Page 10: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

Ira Waja nalika gawe tumpukan lemah mau lara, mula dheweke matur marang Ki Mojopurno. "Nuwun sewu Ki?" "Ana apa Paku Waja? Ana apa kok katon kuwatir?" "Ki, samenika Ira Waja nembe gerah." "Ayo langsung!" ngendikane Ki Mojopurno. Sawise teka ing Punthuk, Ki Majapurno ngendika supaya Paku Waja enggal nggawa Ira Waja ing sisih kidul pulo supaya bisa ditambani. Amarga keajaibane Ki Majapurno, Ira Waja bisa waluya. Tlatah kasebut banjur katelah Mandira, mula saking mandine japa jampi sing diparingake dening Ki Mojopurno marang Ira Waja. Ki Mojopurno uga kagungan pangeling-eling tumrap warga saku-penge. Akeh tanduran gedhang kang ditandur dening Ki Mojopurno. Gedhang kasebut akeh mupangate tumrap warga, mula tlatah ing kono karan dhusun Gedhangan. Kanggo mengeti daleme Ki Mojopurno, diparingi pangeling-eling sing digawe saka watu gedhe banget lan jembar. Saking gedhe lan jembare, diarani minangka reog tugu. Saben taun mesthi ana pah-argyan sing diiringi seni Reog ing tugu kasebut. Pahargyan kalek-sanan saben Jumuah legi, sasi Sura. Nganti saiki papan kasebut dikenal minangka Dhusun Tugu.

5 Dongeng Saka Magetan | LEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Page 11: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

6Dongeng Saka MagetanLEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA |

Indra, sawijining bocah umure wolung taun. Dheweke mujudake bocah yatim. Indra manggon sak omah karo Ibune sing asmane Rina ing lerenging gunung Lawu. Uripe Rina kuwi kesrakat banget. Asile nyambut gawe saben dina saka golek barang rosok. Asile golek rosok uga ora akeh, saben dinane mung oleh rong ewu nganti limang ewu, paling akeh ya sepuluh ewu rupiah.

6Dongeng Saka MagetanLEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA |

BOCAH NRIMADening: Ayu Sandhika D.

Page 12: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

Aja maneh kanggo ragad sekolahe Indra, kanggo urip saben dina wae susah. Dheweke manggon ing omah saka kayu sing arep ambruk. Omahe ora layak banget dipanggoni, nanging kepriye maneh kah-anane meksa kudu kaya mangkono. Sawijining dina Indra takon-takon marang Ibune. “Bu, Allah niku ngendikane tiyang-tiyang, sae sanget. Ngendika nipun, Allah menika Maha Welas lan Maha Asih!” “Iya le, Allah iku apik. Maha Welas lan Maha Asih. Ana apa ta le kok takon mangkono?” pitakone Ibune. “Inggih Bu, kula nembe bingung,” wangsulane Indra marang ibune. “Hlo, ana apa ta le kok bingung?” “Inggih bu, ngendikane Allah niku Maha Welas lan Maha Asih nanging Indra saben dinten ndedonga supados ibu diparingi rizki ingkang kathah lan saged nyekolahaken Indra nanging Allah kok boten ngijabahi pandonga kula?” Ibu banjur mesem lan menehi pitutur marang Indra. “Dudu Allah ora ngijabahi, le. Nanging durung wayahe. Insya Allah dongamu mesthi diijabah, nanging ora saiki. Bokmanawa Allah lagi nguji awake dhewe kanthi cara iki supaya awake dhewe tansah syukur lan tansah eling nikmate Allah.”

7 Dongeng Saka Magetan | LEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Page 13: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

“Wow... ngaten nggih, Bu?” “Iya le, sing sabar ya...” Karo nangis ibune Indra ngempet trenyuh sajroning ati “Inggih bu! Bu, kula luwe.” “Sik le, ibu dakgolek panganan neng njaba dhisik ya le? Indra ngenteni neng kene dhisik ya. Aja neng ngendi-endi!” Ibu banjur metu saka omah kanthi luh kang netes ing pipine. “Inggih bu... ngatos-atos nggih bu. Pun kesupen ndedonga dhateng Gusti Allah. Insya Allah mesthi badhe dipuntulung Pan-jenganipun lan wonten ngriki Indra badhe tansah ndonga supados ibu saged kondur kanthi wilujeng.” “Iya le, ibu mesthi bakal ndonga kanggo kowe uga” Ibune Indra banjur nangis lan tambah trenyuh.Rina banjur metu saka omah kanggo golek panganan kanthi rasa susah amarga kudu ninggalake Indra dhewekan neng omah. Dheweke uga bingung amarga mikir kudu menyang ngendi olehe golek pangan amarga ora duwe dhuwit blas. Rina mlaku karo nangis, netesake luh. Nalika mlaku ana bocah enom kang ngerti Rina mlaku karo nangis. Banjur bocah enom mau nyedhaki Rina. “Wonten menapa bu? Ibu kok muwun?” pitakone bocah enom kasebut.

8Dongeng Saka MagetanLEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA |

Page 14: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

“Aku lagi bingung.” wangsule cekak. “Bingung amargi menapa, Bu?” “Aku bingung... anakku lagi keluwen lan aku bingung kudu golek panganan neng ngendi? Awit dhuwit sarepes wae aku ora duwe.” “Oh makaten! Nggih sampun Bu, arta niki mawon kangge mund-hut nedha kangge putra panjenengan.” “Ora. Pangapurane aku ora bisa nampa dhuwitmu, aku bisa golek dhewe kok.” “Niki lho, bu. Panjenengan pundhut boten napa-napa, kangge putra panjenengan.” Rina banjur kepeksa nampa dhuwit kang diwenehake dening bocah enom kasebut. “Matur nuwun banget ya... muga-muga Allah tansah mbales kabecikanmu.” “Inggih sami-sami, bu. Aamiin...” Rina banjur lunga menyang warung sega kanggo tuku panganan. Sawise tuku panganan, dheweke banjur bali menyang omah. “Assalamu‛alaikum, Indra... Alhamdulillah iki wis oleh panganan.”Rina nyawang Indra kang gumlethak neng plesteran karo pasuryan pucet. Rina kaget ndeleng kahanan kasebut. “Astaghfirullah Indra... kowe kena apa, le?” pitakone Rina marang putrane kanthi seru.

9 Dongeng Saka Magetan | LEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Page 15: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

10Dongeng Saka MagetanLEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA |

“Boten napa-napa, Bu. Alhamdulillah... Allah ngijabahi donga-nipun Indra, bu. Leres menawi Allah menika Maha Welas lan Maha Asih. Nyatanipun ibu saged kundur ngasta tedhan.” “Iya, le...” sumaure ibu kanthi nangis. “Lho ibu kok muwun? Bu... Indra wau ngimpi kepanggih bapak. Bapak ngajak Indra mlampah-mlampah wonten panggenan ing-kang sae sanget, bu.” Tangise Rina tansaya banter. “Bu, panjenengan jagi kasarasan nggih? Indra badhe mlampah-mlampah kalihan bapak. Asyhadualla illa ha ilallah wa asyhaduanna muhammadararosulullah.” Pungkasane Indra sowan ing ngayunane Gusti. Ibune banjur nangis ngguguk, nyoba iklas yen putrane wis ora ana.

Page 16: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

11 Dongeng Saka Magetan | LEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Dhek jaman biyen ana salah sawijine wong wadon, warandha, duwe anak

loro lanang kabeh. Anak sing nomer siji, jenenge Jaka Selung lan sing nomer

loro aran Jaka Bodho. Bocah loro kuwi statuse isih jaka kabeh. Jaka Selung

jaka sing nduweni awak gedhe dhuwur, nanging Jaka Bodho bocahe bodho. Joko

Selung ora seneng nikah, amarga akeh bocah wadon ora gelem didadekake

bojone.

SEJARAH DESA TAPENDening: Maryono

Page 17: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

12Dongeng Saka MagetanLEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA |

Ana sawijining prawan, aran Putri Kalang Wangi, nganakake sayembara (ontran-ontran), sapa sing bisa nekakake sumber banyu ing panggonane, yen lanang bakal didadhekne bojone lan yen wadon bakal didadekake sedulur. Joko Selung mupu sayem-barane Putri Kalang Wangi, lan sang putri kudu netepi janjine, kanthi dadi bojone Jaka Selung. Seje critane karo Jaka Bodho kang manggon ing pundhen Jumog. Jaka Bodho duwe kasekten uga. Pageblug arupa lelara kang disandhang warga kasil ditambani dening Jaka Bodho. Para warga, saka kadadeyan iku, kanggo pangeling-eling, nganakake ritual dikantheni kesenian gambyongan utawa tayuban. Ritual dileksanakake saben sasi Sura. Ritual kasebut tansah dianakake saben sasi Sura, karana kanggo pangeling-eling marang labuh labete Jaka Bodho. Mbok randha, simboke Jaka Selung lan Jaka Bodho, uripe sengasara. Saben dina panggaotane dodolan sega lan jajanan. Mbok randha uga nggaringake kembang jeblog kanthi diinteri utawa ditapeni. Kanjeng Bupati kang pas mideri tlatah pangu-wasane, mangerteni panggaotane mbok randha, minangka wong tuwane jejaka loro kang sekti, paring pangeling-eling marang desane mbok randha minangka desa Tapen.

Page 18: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

13 Dongeng Saka Magetan | LEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Dina kepitu Ramadhan, aku bali menyang kampung sing manggon ing tlatah Tladan, Magetan, sisih wetane gunung Lawu. Sanadyan cedhak gunung Lawu, ning panggonanku ora sepira adhem, amarga ora ana ing pas ngisore gunung Lawu. Sore iki, aku mbantu ibu ana pinggir prapatan seperlu dodol takjil. Jam 3 sore aku lan ibu sarta para warga sing dodolan wis padha siap-siap.

BEKTI MARANG IBUKDening: Lena Eriyana

Page 19: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

“Bu, Bu, menawi boten wonten kula, Ibu piyambakan nggih siap-siapipun?” “Ya ora Ndhuk, kadhang usung-usung direwangi Bapak yen ora repot.” “Bu, sadeane, sasanesipun tela goreng, mbothe, kolak ged-hang raja, kacang godhok, sanesipun menapa, Bu?” “Ya sak anane Ndhuk, nek pama kacange wis entek ya ganti liyane. Apa wae bisa didol Nduk, penting asil saka tegalane dhewe. Ngono ta?” “Inggih Bu, pancen ibu niku kreatif.” “Ya jelas anake wae pinter, hehehe.” “Loh Bu, boten klintu? Kan kula saget kuliah ngeten niki, nggih panjurung saking Ibu. “Iya Ndhuk, mula kuliah sing bener ya.” “Siyap Bu.” Nalika wis jam 4, akeh para warga sing padha golek takjil ing pinggir prapatan. Wong-wong lumayan akeh padha tuku, ngen-yang rega wis dadi kebiasaan wong desa. Mengko nek pasar sorene wis arep tutup, dodolane padha diobral. “Yu, tela goreng telung ewu wae, karo kolake rong bungkus.”“Iya Las, sumaure Ibu karo mbukak plastik.”

14Dongeng Saka MagetanLEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA |

Page 20: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

15 Dongeng Saka Magetan | LEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Aku ngedhahi tela goreng neng godhong, lan ibu ngedhahi kolak ana plastik. Sinambi ngedoli para wong sing tuku, padha milang-miling aku, sajake arep takon. “Lho, Yu iki Nana ta? Saiki ana ngendi.” “Iya, iki Nana, kuliah Puh, neng Solo.” “Owalah tibane sik kuliah, tak kira lunga kerja.” “Ora Puh, kuliah sik, bar ngono kerja.” “Owalah iya Yu, peneran Yu, duwe anak sregep kaya Nana, tur pinter, ayu tenan. Semester pira Ndhuk saiki?” “Kula semester 6 Bupuh.” “Oalah ya meh rampung, sing sregep ndhuk sekolahe, muga ndang lulus gek oleh kerja.” “Nggih Bupuh, pangestunipun.” Aku salah sijine putrine Ibu, putune simbah sing cilik dhewe ngrasakake bangku kuliah kanthi beasiswa. Sanadyan mangkono, aku ora mung ngandelake beasiswa kanggo uripku. Rasane kepengin menehi wong tuwa, sanadyan iku barang murah ning migunani uga sing penting asile saka polah lan tumetesing kringetku. Sakdurunge aku bali, aku takon marang Ibu. “Bu lebaran sampun meh dugi. Ibu dipunpundhutaken menapa, utawi badhe nitip menapa?” “Ora usah Ndhuk, digawe sekolah wae dhuwite, karo kanggo sangu magang, ya nek kowe kepengin tumbas, ya tumbasa, Ibu ora usah”

Page 21: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

“Kula taksih gadhah klambi ingkang sae kok Bu.” “Ya wis dienggo sangu suk nek magang wae yen ngono.” “Nggih Bu.” Ing njero atiku, aku pengin nyaosi apa sing dibutuhake Ibu saiki, yaiku rukuh. Amarga rukuhe wis katon besem, mangkak wernane. Werna putih wis saya kuning, bolahe ting bradhul, katon rada cingkrang. Wis ora patut yen digawa menyang mejid. Aku rong dina setengah ari ana omah, bar iku aku bali men-yang papan kuliah. Sakliyane kuliah aku uga nyambi dodolan klambi. Menawa ana wong pesen lewat online, ya aku njupuk barang ana BTC (Beteng Trade Center). Aku ora njupuk bathi akeh-akeh. Intine sak klambi paling bisa kanggo mangan 2-3 dina. Wayah Ramadhan arep nyedhaki riyaya iki, lumayan akeh pe-senan, dadi bathiku uga tak celengi ngge mundhutake ibu rukuh. Kadhang ya rasane neng ati uga nelangsa, nalika bocah-bocah liyane padha mundhutake klambi wong tuwane, sarimbitan utawa sing model-model liyane. Nadyan iku isih nggawa dhuwite wong tuwane. Ya pancen carane bocah dhewe-dhewe. Aku jane kepengin weruh wong tuwaku nganggo sarimbitan, nanging ya kepiye maneh, untunge dodolan klambi ora sepira, wis tak bagi kanggo sangu magang, sakliyane iku, aku uga nate rugi merga wong sing pesen ora sido tuku barangku. Dadi, riyaya taun iki, aku mung kepengin mundhutake rukuh kanggo ibu. Wong tuwaku kalebu wong tuwa kang prasaja, sing iku ndadekake aku tetep kuat urip apa anane ing papan iki.

16Dongeng Saka MagetanLEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA |

Page 22: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

17 Dongeng Saka Magetan | LEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Watara aku meh bali kampung, aku wis nyiapake kabeh sing arep dak gawa bali, sing mesthi uga rukuh kanggo Ibu. “Lho Ndhuk gawane kok kayane abot men ta?” “Inggih Bu. Bu menika rukuh kagem mangke sembahyang.” “Walah Ndhuk, coba delengen.” Ibu tansah mirsani lan pasurya-ne seneng oleh rukuh saka aku. “Iki anyep ketoke dienggo.” “Lha inggih ta Bu, kan bahane katun, regine nggih boten awis Bu.” “Lho lha kae Ibu ora maringi dhuwit kanggo tumbas lho?” “Boten napa-napa Bu, niki asil untung kula sadean klambi lewat online Bu.” “Oalah ya wis yen ngono Pak. Pak, aku ditukokne rukuh karo anak wedok, sajake ya pinter bakulan. Kamangka aku ora maringi dhuwit.” “Wah, rukuhmu apa ora isih apik kae Bu?” “Lah, piye ta Pak? Rukuh wis ora patut kok.” “Oalah iya iya Bu, apik iki kok Bu.” “Pak, ngapunten. Nana namung saget mundhutaken rukuh kagem Ibu. Kula kinten batik lengen panjangipun bapak ingkang kula pund-hutaken, taksih sae ngaten?” “Alah Ndhuk, ra sah bingung numpuki gombal, sik sak lemari kae lho. Digawe sekolah karo sangu magang wae dhuwite.” “Nggih Pak, Bu.”

Page 23: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

Aku sing wis mangerteni sifat ibu lan bapak, ora dadi bingung menawa lebaran ora mundhutake klambi, sakliyane aku isih kuliah, ibu bapak wanti-wanti tenan dhuwit beasiswa ya kanggo sekolah kanthi bener, lan menawa tuku klambi utawa kebutuhan liyane ya sacukupe. Aja nganti dhuwit beasiswa dienggo tuku sing dudu kepentingan sekolah. Iku piwelinge bapak ibu sing saiki mesthi dak eling-eling. Dadi, sanadyan amung rukuh sak setel, iku salah sijine barang supaya ibu luwih sregep ngibadahe nalika wis manjing wektu ngibadah. Apa anane, apa sing dibutuhne, iku sing oleh dituku. Iku prinsip ana ing uripku.

18Dongeng Saka MagetanLEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA |

Page 24: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

Watara aku meh bali kampung, aku wis nyiapake kabeh sing arep dak gawa bali, sing mesthi uga rukuh kanggo Ibu. “Lho Ndhuk gawane kok kayane abot men ta?” “Inggih Bu. Bu menika rukuh kagem mangke sembahyang.” “Walah Ndhuk, coba delengen.” Ibu tansah mirsani lan pasurya-ne seneng oleh rukuh saka aku. “Iki anyep ketoke dienggo.” “Lha inggih ta Bu, kan bahane katun, regine nggih boten awis Bu.” “Lho lha kae Ibu ora maringi dhuwit kanggo tumbas lho?” “Boten napa-napa Bu, niki asil untung kula sadean klambi lewat online Bu.” “Oalah ya wis yen ngono Pak. Pak, aku ditukokne rukuh karo anak wedok, sajake ya pinter bakulan. Kamangka aku ora maringi dhuwit.” “Wah, rukuhmu apa ora isih apik kae Bu?” “Lah, piye ta Pak? Rukuh wis ora patut kok.” “Oalah iya iya Bu, apik iki kok Bu.” “Pak, ngapunten. Nana namung saget mundhutaken rukuh kagem Ibu. Kula kinten batik lengen panjangipun bapak ingkang kula pund-hutaken, taksih sae ngaten?” “Alah Ndhuk, ra sah bingung numpuki gombal, sik sak lemari kae lho. Digawe sekolah karo sangu magang wae dhuwite.” “Nggih Pak, Bu.”

19 Dongeng Saka Magetan | LEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

ASAL USUL DESA DADIDening: Ardila

Rikala semana, ing sangisore Gunung Lawu ana desa kang subur lan makmur. Desa kasebut cedhak karo daerah papan pariwisata Telaga Sarangan. Pernahe ana ing sakulone pedhanyangan Kem-banggedhe kang nduweni jeneng Pomahan. Ing sawijining dina, pimpinan desa kang akrab disapa Mbah Satrio ngrasakake kahanan ora kaya padatan. Tanduran ing sawah akeh kang gagal panen, lemah-lemah katon garing sanajan banyu sumbere miline lancar, masyarakat akeh kang kena penyakit aneh yaiku lumpuh utawa ora bisa mlaku. Kahanan kasebut ndadekake pimpinan desa tansaya kuwatir, amarga ndeleng kahanan wargane saya suwe saya nrenyuhake.

Page 25: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

Akeh warga kang kentekan bahan keperluan pokok kanggo urip saben dinane, kayata beras, palawija, lan sapanunggalane. Saliya-ne kuwi, warga kang lumpuh cacahe tansaya akeh. Tanduran ora ana kang gelem thukul kayadene ketahan dening bumi. Amarga deleng kahanan kang saya drawasi, Mbah Satrio nduweni krenteg nglakoni tapa brata ing pedhanyangan Kem-banggedhe supaya bisa oleh pituduh kabecikan saka kedadeyan kasebut. Tapa Brata diwiwiti ing dina Kemis wengi malem Jumat. Saka kagiyatan kasebut, Mbah Satrio menehi pituduh marang wargane supaya ora ngganggu anggone tapa brata, amarga pang-gonan kasebut bakal dijaga dening para pengawal kang njaga pedhanyangan Kembanggedhe. Nepaki ngancik wektu subuh, ana geni kang mabur ing sand-huwure pedhanyangan Kembanggedhe. Tanpa dinyana, geni kase-but malih wujud dadi wong ireng lan gedhe dhuwur. Ora mung cukup siji, nanging cacahe tansaya akeh. Pengawal kang njaga ing sakiwa tengene pedhanyangan kasebut, padha ambyar mlayu amarga saking wedine. Ananging Mbah Satrio tetep mantep marang ancase tapa brata yaiku kepengin mangerteni jalaran kang ndadekake masyarakate sengsara. Dheweke omong-omon-gan karo lelembut kang nunggu dhanyang kasebut.

20Dongeng Saka MagetanLEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA |

Page 26: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

“He Satrio, apa kowe ora ngerti sapa sing ngadek ing ngarepmu iki, jenengku Buta Samber Nyawa kang digdaya lan nduweni pasukan cacahe ewonan!” Makhluk ireng iku mau ngomong sajak nantang marang Mbah Satrio. Banjur Mbah Satrio nyauri kanthi basa kang sopan lan wicaksana. “Inggih Buta Samber Nyawa, dados ingkang ndamel warga kula sakit lumpuh lan tanduran mboten purun tukul subur amargi pan-jenengan nggih?” Tapa brata durung sampek sedina ananging Mbah Satrio wis nemu jalaran saka kedadeyan kang dialami para wargane. Buta Samber Nyawa rumangsa yen ora ana kang bisa ngalahake apa maneh mung manungsa kang diciptakake saka lemah. Buta Samber Nyawa sesumbar yen dheweke diciptakake saka geni lan pengin ngusir para warga sekalian mbuktekake yen Mbah Satrio iku kesak-tiane kalah adoh yen dibandhingake Buta Samber Nyawa. Buta Samber Nyawa langsung nyerang Mbah Satrio nganggo aji-aji Jagad Geni. Tanpa dinyana Mbah Satrio isih ngadeg jejeg ana panggonane tanpa ana bundhas sitik wae. Banjur Mbah Satrio mliliki Buta Samber Nyawa sampek sambat bengak- bengok yen awake krasa kaya dene dibregi gunung.

21 Dongeng Saka Magetan | LEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Page 27: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

Amarga rumangsa awake krasa tambah abot, Buta Samber Nyawa banjur ceblok lan sujud ing sangarepe Mbah Satrio. Pasu-kane Buta Samber Nyawa pada mlayu kabeh ngerti yen pimpinane dikalahake dening manungsa. Banjur Mbah Satrio aweh tembung penganti-anti marang Buta Samber Nyawa. “He Buta Samber Nyawa, yen awakmu pengin nundhung aku lan wargaku saka tlatah kene, bakal dak turuti panjalukmu, ananging ngertia yen dina iki awakmu wes kalah amarga saka sifat sombongmu.” Buta Samber Nyawa banjur nyuwun sepura lan janji ora bakal ngganggu manungsa maneh. Senajan Buta Sambet Nyawa wis janji ora bakal ngganggu manungsa maneh, nanging Mbah Satrio tetep ngajak para wargane ngalih, amarga kepengin war-gane bisa nglalekake kedadeyan kang ora nyenengake iku. Mbah Satrio lan para wargane ngalih ing sisih wetane pedhanyangan Kembanggedhe utawa ing papan kang luwih ngisor lan cendhek. Wargane pada gugur gunung pindhahan lan ninggalake panggonan iku, amarga nduweni angen-angen bisa urip kang luwih apik. Cocog karo krentege ati, masyarakat wiwit bisa nglebur karo papan kang anyar lan urip ayem tentrem.

22Dongeng Saka MagetanLEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA |

Page 28: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

23 Dongeng Saka Magetan | LEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Tansaya suwe desa iku akeh pendhudhuke, ngrem-baka lan bisa dadi desa kang luwih gedhe tinimbang sadurunge pindhah panggo-nan. Jalaran saka kedadey-an kuwi, mula desa kasebut diwenehi jeneng Desa Dadi (ndadi) kang ateges desa kang ganti papan utawa panggonan ananging malah bisa dadi regeng.

Desa Dadi uga nduweni cerita mitos ing antarane penduduk desane ora bakal ana kang dadi PNS (Pegawai Negeri Sipil). Kedadeyan iki jalaran saka mitos mula bukane desa Dadi iku desa pindahan saka desa kang manggon ana ing tlatah kang dhuwur pindah ana ing tlatah kang luwih cendhek utawa luwih ngisor. Desa Dadi iki uga diarani Desa Klorot utawa Desa Mudhun.

Page 29: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

24Dongeng Saka MagetanLEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA |

Sangisore perenge gunung Lawu kang hawane adhem, ana padesan kang rakyate urip ayem tentrem lan guyub rukun. Ing kana urip kulawarga sing duwe anak siji jenenge Didi. Didi bocahe nakal banget, ora tau gelem sinau, ora tau adus, yen mangan ya ora tau dientekake. Pendhak esuk, wayah tangi turu gugahane ya angel banget.

BOCAH NAKALDening: Nurjanah

Page 30: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

25 Dongeng Saka Magetan | LEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

“Didi, Didi, ayo tangi, iki wis awan lo, sekolah apa ora?” pitakone bapake. “Hu hu hu emoh Pak, aku emoh sekolah!” wangsulane Didi. “Piye ta le, ayo sekolah kareben dadi wong pinter!” “Iya, iya Pak, tapi aku emoh adus!” “Yo wis ndang budhal, kae wis di enteni kancamu” “Iya Pak.” Didi mangkat menyang jedhing. Ora adus, nanging mung raup. Gelema sarapan nanging ya mung sithik. Rikala mlaku bareng budhal sekolah, Didi, Toto, Kiki, padha omong- omongan semayan arep dolan menyang kali. “Di... aku mengko dak menyang omahmu ya?” “Iya, tapi yen nyeluk aja banter-banter ya!” Ing sekolahan sing dipikir Didi mung yen arep mulih wae. Theng-theng bel metu kelas wis muni. Didi, Kiki, lan Toto seneng atine merga wis janji arep adus ing kali. Bocah telu padha mlayu cepet-cepetan supaya enggal tekan omahe dhewe-dhewe. “Dii... Di…aku engko menyang omahmu ya?” “ Iya…., semaure Didi.” Ing wektu kang wis ditemtokake, Didi ora bisa metu saka omah, merga lawange di kunci karo ibune. Didi dikongkon bubuk cedhak ibuke. Didi susah atine, ethok-ethok turu ing cedhak ibune. Didi kaget ana kancane sing lagi bengak-bengok nyeluk Didi.

Page 31: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

26Dongeng Saka MagetanLEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA |

“Didi, ayo sida apa ora?” Didi alon-alon mudhun saka amben, trus mbukak cendela. “Sssttt! Aja banter-banter ya, ibuku lagi sare.” Didi mudun saka amben alon-alon karo bola-bali ndeleng ibuke. Didi ora metu lawang nanging metu cendhela. Didi menco-lot saka cendhela, mlayu nututi kancane sing mbengoki mau. “Ayo budal. Ayo!” Bocah telu mlayu alon-alon, sinambi sikile nyampar-nyampar suket. Ora suwe kali sing dituju wis cedhak. “Ayo adus, ayo adus”. “Hore-hore hore...” bengoke bocah telu mau karo nyopoti klambi lan kathoke. “Ayo padha dietung siji... loro… telu…” Byurr, katelune men-colot, ambyur ing banyu, padha seneng atine, nglangi ngetan ngulon karo gegojegan. Wis sawatara suwe bocah telu mau langen ora waspada, ana sak ngisore wit ing cedhak kali mau ana ula kang gedhe banget, matane mendhelik karo swarane ngeses-ngeses. Bocah telu mau ora ngerti yen ana ula kang lagi luwe golek mangsa. Dumadakan Didi sing lagi langen ora ngerti yen ula mau nyedaki Didi.

Page 32: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

27 Dongeng Saka Magetan | LEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Didi kaget karo bengak-bengok, “ula... ula....ula.... tulung tulung”. Didi nglangi sakuwate tenaga ngedoh saka ula mau. Am-bekane Didi menggeh-menggeh, bocah telu terus mentas saka kali padha mlayu lali ora klamben karo kathokan merga wedi karo ula. Tekan ngarep omah, Didi bengak-bengok. “Ibu-Ibu…” karo ngukuri sikil lan sirahe,” ampun Bu.............. ampun Bu......... kula nyuwun ngapunten.” bengoke Didi. “Iya ... Didi, wis ndang adus ing jedhing, adus sing resik lan sabunan ya!.” Sakwise kedadeyan mau, Didi lan kanca-kancane wis ora tau adus ing kali. Saiki adus ing jedhing. Banyune resik lan ora dicokot nyamuk dhemam berdharah, apa maneh dicokot ula…

Page 33: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

Esuk iku Andri karo kanca-kancane wis siap budhal dolan ngisi dina libur akhir pekan. Dina kuwi dina minggu. Pancen yen dina minggu Andri sakancane duwe acara khusus. Acarane beda-beda ing saben minggune. Kebeneran dina minggu iku acarane golek manuk ing rawa desa sebelah.

28Dongeng Saka MagetanLEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA |

MANUK ING RAWADening: Darni

Page 34: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

29 Dongeng Saka Magetan | LEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Rawa sing dituju iku pancen asri banget. Rawa iku manggon ing satengahe sawah desa Kuwonharjo, Takeran, Magetan. Warga desa kono ngarani panggonan iku ya Rawa. Panggonan iku pancen ana rawa-rawane. Uga ana wit-wit gedhe, kayata wit trembesi, wis asem, wit ringin, wit sana, lan sapanunggalane. Wit-witan iku lumrahe dienggoni susuh maneka warna manuk, kayata manuk emprit, manuk cucak rawa, lan akeh maneh liyane. Ing rawa iku mili kali cilik kang banyune bening. Bocah-bocah padatan adus menyang kali yen hawa ketiga krasa panas, karo golek woh-wohan. “Assalamu‛alaikum..., Andri.” Kanca-kancane Andri padha nyeluki ngajak budhal. “Wa‛alaikumsalam. Iya, padha mlebu dhisik.” Sumaure Andri saka njero omah. “Bu, Andri bidhal, Assalamu‛alaikum,” pamite Andri menyang ibune. “Wa‛alaikumsalam.” Ibune nyauti saka njero pawon karo wanti-wanti. “Sing ati-ati ya le. Yen wis bedhug enggal bali.” Esuk kuwi Andri budhal karo kancane telu, Wisnu, Joko, lan Budi. Bocah papat kuwi, atine seneng banget, katon olehe mlaku padha glelang-gleleng karo gegojekan. Bocah-bocah kuwi uga padha ora lali sangu plinthengan dhewe-dhewe.

Page 35: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

Bocah papat wis tekan rawa, panggonan sing dituju. Bocah-bocah iku mripate wis wiwit clingak-clinguk nyawang manuk sing padha sliweran. Babagan golek manuk, Wisnu sing paling jago. Mripate Wisnu pancen awas lan yen mlintheng mesthi ngenani sasa-ran. “Cah, cah, kae lo ana siji. Padha menenga dhisik.” Wisnu kandha menyang kanca-kancane karo tudang-tuding wit trembesi sing gedhe banget. “Endi ta?”, sajake Joko durung ngerti sing dikarepake Wisnu. “Kae lo neng wit trembesi sisih kulon sing ana susuhane manuk. Tepak ta ana manuk, ana susuhane pisan.” Njlentrehe Wisnu nudu-hake marang kanca-kancane. “Iya. Wah lumayan gedhe,” Budi melu ngimbuhi. “Ya wis, saiki padha menenga, mengko selak mabur,” Wisnu ngandhani kancane. Wisnu njupuk krikil ing cedhake lan siap-siap mlintheng manuk sing dadi incerane lan kanca-kancane. Karet plinthengan diolor dipasake menyang sasaran, banjur diculake. Ora let suwe manuke wis ngletak ing lemah. Bocah papat gage-gage marani manuk sing wis gumlethak ora duwe daya mabur maneh, amarga swiwine sengkleh.

30Dongeng Saka MagetanLEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA |

Page 36: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

“Wah, lumayan gedhe ya,” clatune Andri nyawang manuk ing ngarepe. “Iya”. Joko nyauri. “Wah, saiki bageyanmu Ndri. Peneken susuhane kae,” kad-hane Wisnu marang Andri ngerti yen kancane siji kuwi jago menek wit. Ora let suwe Andri wis teka pang panggonane susuh manuk. Ing susuhan kuwi mau Andri nemokake anak manuk sing isih cilik-cilik durung bisa mabur. Awake isih rada abang, kira-kira lagi umur sedina rong dinanan. Atine Andri ora kuwawa nyawang anak manuk sing isih cilik-cilik padha ngruntel ing susuhe. Andri banjur mudhun saka wit karo Nggowo susuhan manuk kuwi. “Cah, ana anake, nanging isih cilik-cilik. Mesakake,” kandhane Andri ora tega. Bocah papat kuwi padha nyawang susuhan sing digawa mudhun Andri. Anak manuk cacah telu kuwi kluget-kluget, sajak keluwen. Bocah papat meneng njur padha pandeng-pandengan. Padha lungguh dheleg-dheleg ing ngisor wit.“Saiki piye? Tetep digawa mulih apa dibalekake maneh?” Andri miwiti rembugan karo kanca-kancane. Kabeh durung menehi wangsulan. Rasane eman yen dibalekake maneh nanging yen digawa mulih ya mesakake.

31 Dongeng Saka Magetan | LEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Page 37: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

“Digawa mulih wae, eman yen dibalekake,” sambunge Wisnu. “Nanging apa ora mesakake ta Wis?” Pitakone Andri mestheka-ke maneh. Bocah papat padha meneng sedhela. “Ya wis, saiki penake piye? Digawa apa ora?” takone Budi men-yang kanca-kancane. “Yen miturut aku, apike saiki digawa mulih wae,” Andri mangsuli. “Lo, piye ta Ndri jaremu mau mesakake, saiki kok malah digawa mulih?” “Karepku ngene lo. Saiki manuk lan susuhane iki digawa mulih dhisik, sesuk sawise ditambani dibalekake maneh,” Andri njlentre-hake. “Delengen babone, swiwine rak ya rada sengkleh. Saiki yen nyawang kahanane mboke sing kaya ngono kuwi apa bisa nggolekake pangan kanggo anak-anake? Saiki digawa mulih dhisik ditambani lan diwenehi pangan. Sesuk mulih sekolah, yen wis waras dibalekake ing panggonane maneh. Piye, mathuk?” “Iya Ndri, mesakake,” Joko menehi wangsulan. “Iya wis, aku ya ora tega yen anak-anake manuk iki kudu dipisa-hake saka babone,” sambunge Budi. “Yen kowe piye, Wis?” pitakone Joko menyang Wisnu “Ya wis ora apa-apa yen ngono,” Wisnu mangsuli senajan rada kuciwa. “Sesuk-sesuk isa golek maneh.” “Ya wis yen ngono. Wis bedhug, ayo bali mengko selak diarep-arep,” Andri ngajak kanca-kancane mulih.

32Dongeng Saka MagetanLEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA |

Page 38: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

Bocah-bocah kuwi mau mulih karo nyangking manuk saanake. Tekan omah babone manuk iku ditambani njur dilebokake kurun-gan manuk awor karo anak-anake kanggo sauntara wektu, banjur diwenehi pakan. Kaya-kaya bocah papat kuwi wis ora betah nunggu warase manuk lan mbalekake manuk ing panggonane maneh. Mulih sekolah sawise ganti klambi, maem lan ora lali pamit karo wong tuwane dhewe-dhewe, bocah-bocah wis padha ngum-pul ing omahe Andri. Nyawang kahanane manuk sing wis radha waras, bocah-bocah kuwi mau budhal menyang rawa maneh, kaya rencanane wingi. Susuhan saisine dibalekake ing panggonane maneh, ora keri anak manuk lan babone. Susuhan, anak manuk, lan babone wis manggon ing panggonane maneh. Bocah papat mau mulih karo ati seneng. Senajan ora sida oleh manuk nanging bocah-bocah mau oleh pelajaran saka kadadeyan kuwi kabeh. Thukul rasa welas asihe marang kabeh ciptaane Gusti Allah. Lu-wih-luwih manuk mau lagi ngopeni piyike.

33 Dongeng Saka Magetan | LEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Page 39: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

Kembang-kembange sore, kena sorot cahyane sren-genge. Sore iku, Tora, Joko, Tina lan kanca-kancane padha gegojekan neng ngisor wit pelem. Guyon-guyon karo crita menawa kahanane nganti saiki ora kaya biyasane. Sekolah prei suwe ateges sinau neng omah, pasar sepi, dalanan uga, apa maneh papan pariwisata. Rasa-rasane wis pancen ora lumrah kahanane.

SINAU BARENG ING PINGGIR KALIDening: Octo Dendy Andriyanto

34Dongeng Saka MagetanLEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA |

Page 40: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

“Suwe banget rasane wis ora ketemu kanca-kanca sak kelas. Ora krasa wis rong wulan sinau neng omah,” ujare Tora bocah kelas 4 SD iku. “Sing jenenge nang omah iku ora perlu sinau. Sing penting sesuk wayahe mlebu sekolah ngerti-ngerti lulus dhewe. Bu guru ora bakal ngerti awake dhewe sinau apa ora,” saute Joko nyengenges. “Sinau iku ora kudu nang sekolah. Sinau iku ora kenal wektu lan panggonan. Sinau iku kanggo awake dhewe, kanggo nambah wawasan lan seserepan bab apa wae mligine ing urip sabendinan,” jawabe Tina. Rembugan kaya mangkono iku mau rasa rasane uga akeh dite-moni ana ing dhaerah liya amarga kahanan Pandemic Covid-19 nganti ing wektu iki durung bisa sirna ing Indonesia. Ananging nyatane akeh bocah sing nglirwakake bab sinau. “Le, enggal digarap PR-e! Wingi ana tugas basa Jawa ta saka Pak guru, enggal digarap supaya trampil lan wasis bab basa Jawa,” ngendikane Ibune Joko nalika nyambi masak. “Ngapa ndadak sinau Mak! Aku arep mancing wae nang mblumbang mburi omah!” “Le cah bagus, matur sing apik karo Emak. Bisa basa ora? Ora dolan terus ta Le, sinau iku kanggo sangune urip.” Joko langsung ora mangsuli apa sing dadi ngendikane Emak nalika ana ing pawon.

35 Dongeng Saka Magetan | LEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Page 41: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

Dhasar bocah saiki, nuruti karep sing penting atine seneng, malah kepara kepengin dolan adoh utawa piknik ing papan pariwisata ing kutha Magetan. Ora suwe Banjur Joko ketemu Tina lan Tora ing mburi omah ngrembug PR basa Jawa kang padha durung digarap. Niyate pancen mung padha dolan ing mburi omahe Joko sing kah-anane pancen ora pati rame, apa maneh kahanan kaya mangkene. Blumbange ora gedhe ananging ya ajeg mesthi ana wong mancing. Srawung bareng nom tuwa ing pinggire blumbang. Bocah telu mau miwiti ngrembug PR basa Jawa sing padha durung digarap. “Wingi ana PR basa Jawa gawe crita ngenani panggonan wisata ing Magetan ananging durung tak garap blas, lha ngertiku mung Sa-rangan.” Joko crita ngono marang kanca-kancane, malah kepara digeguyu. “Iya Joko pancen ora kleru sing jenenge tlaga Sarangan yaiku sing dadi tandha lan ramene Magetan,” Tuture Tina karo ngampet guyu. “Ayo saiki padha digoleki, papan wisata ing kuthane dhewe iku ana apa wae?” Tora semangat banget anggone arep miwiti garapane. Sajrone padha guneman karo kancane, ana pawongan rada sepuh sing lagi mancing neng kono melu urun rembug bab pariwisata ing kutha Magetan. Pak Slamet asmane.

36Dongeng Saka MagetanLEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA |

Page 42: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

“Wah padha arep ngrembug panggonan wisata ing kutha Magetan ya? Saiki coba saliyane Tlaga Sarangan ana sing bisa nyebutake apa ora?” Tora miwiti njawab, “Wonten wisata alam Geni langit.” Tina melu urun rembug, “Gunung Lawu, Pak” “Lah bener iku, geneya padha ngerti wisata ing kuthane dhewe. Tak critani ya, wisata Geni Langit iku mapan ing Keca-matan Poncol, akeh sarana kanggo dolanan neng kono ing antarane bisa numpak pit ing awang-awang nggunakake tali kaya wong mabur. Lha menawa Gunung Lawu iku saliyane klebu kabu-paten Karanganyar uga klebu ing Magetan. Puncake Lawu iku ana tugu Harga Dumilah minangka tengere gunung Lawu.” “Sanesipun menika pundi malih Pak?” Joko tambah seneng ngrungokake critane pak Slamet. “Saliyane iku ana Mojosemi Forest Park, mapan ing Saran-gan, kecamatan Plaosan. Mengko awakmu kabeh bisa outbond bareng kanca-kancamu. Menawa kepingin swasana alam liyane ana Kedhung Ngancar, wujude kaya kolam renang alami, banyune bening semu ijo, ananging kudu ngati-ati neng kono, mergane jero. Ora adoh saka Tlaga Sarangan uga ana grojogan Pundhak Kiwa uga cerak karo Sarangan. Akeh wit-witan ijo, grojogane uga dhuwur lan deres. Menawa kepengin mlaku-mlaku karo mangan buah bisa dolan neng kebon Strawberry Sarangan. Bisa methik dhewe, lan bisa digawa bali. Ananging tetep mbayar lho ya.”Critane pak Slamet karo guyon-guyon bareng bocah telu.

37 Dongeng Saka Magetan | LEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Page 43: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

Tora, Tina lan Joko seneng banget dicritani panggonan wisata ing kutha Magetan karo pak Slamet. Panjenengane uga menehiwawasan menawa isih kahanan kaya ngene luwih becik neng ngomah wae, lan ngurangi lunga-lunga supaya tetep sehat awake. Pak Slamet nerusake crita kang banget narik kawigatene bocah telu mau.Saliyane iku ana ing blumbang mburi omahe Joko malah dadi sarana sinau bebarengan. Malah kepara bisa miwiti garapan lan tugase. Sinau ora kudu ing sekolah. Sinau ora kenal wektu, panggonan, lan umur. Kabeh bisa dadi guru, lan uga bisa dadi murid. Tujuwane yaiku ngangsu kawruh bareng, supaya tambah wawasan lan sesurupan.

38Dongeng Saka MagetanLEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA |

Page 44: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

39 Dongeng Saka Magetan | LEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

DUMADINE TLAGA SARANGANDening: Yunita Ernawati

Sawijining dina ing alas kang rungkut lan wingit ana pawongan setengah tuwa kang lagi sengkut golek kayu. Pawongan iku aran Mbah Pasir. Dheweke pancen saben dina saba alas wingit kanggo golek kayu lan sembarang kalir apa wae kang bisa dipangan. Mbah Pasir urip karo bojone, dheweke duwe anak siji lanang jenenge Jaka Linglung. Wis kondhang menawa mbah Pasir lanang wadon iku kuat prihatine, lan ngelmu prihatin iku tumurun ana ing jiwane anake. Mula, Jaka Linglung milih lunga ngumbara, dene mbah Pasir lan mbok Pasir isih urip ana ing alas.

Page 45: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

Mbah Pasir lan bojone urip mung ana gubug reyot saka nam-naman pring. Dheweke klebu wong ora duwe. Saben dinane golek pangan mung cukup kanggo sesuke. Kahanane mbah Pasir sing sarwa kurang iku ora mrentulake niyate tangga-tanggane mbiyantu mbah Pasir lan bojone. Malah kepara diadohi dening tangga-tang-gane. Masyarakat ing desa Wingit iku pancen ora duwe rasa welas asih kanggo mbah Pasir. Ndilalah wektu iku mangsa ketiga, panas sak uwen-uwen ora tau ana udan. Golek pangan ya tansaya angel. Masyarakat padha sambat ngresula marang kahanan mengkono. “Kahanan kok panas terus ngene ki gek kepiye, apa Gusti lali yen nduweni rakyat kaya awake dhewe ngene iki,” kandhane pak Dali-man. “Pak, mboten pareng ngendika mekaten, Gusti menika mboten sare pak,” wangsulane mbah Pasir. “Halah wong rekasa kaya kowe yo ora bakal ngerti kepiye owah gingsire jaman, wong pendhak dina pancen rekasa terus, rak meng-kono ta Jo.” Mireng tembunge pak Daliman, mbah Pasir langsung mungkur bali menyang omahe. Mbah Pasir ora nesu ning malah ndedonga supaya Gusti Allah enggal maringi eling marang masyarakat sing padha duwe panyakrabawa sing ala kaya dene pak Daliman. Supaya uga Gusti enggal maringi udan saengga sawah lan wit-witan padha subur. Sumur-sumur bisa agung maneh banyune.

40Dongeng Saka MagetanLEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA |

Page 46: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

41 Dongeng Saka Magetan | LEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Rumangsa pengen mungkasi kahanan kang saya ndadra lan rekasa, mbah Pasir ngupaya supaya bisa nemokake sumber banyu kang bisa migunani tumrap dheweke lan para tangga. Mbah Pasir banjur budhal mlebu menjero alas wingit. Tekane ing njero alas wingit, mbah Pasir banjur ndedonga marang Gusti supaya dipar-ingi dalan bisa kasil anggone ngupaya golek sumber banyu. Sana-jan masarakat desa Pasir padha maido lan nyepelekake upayane mbah Pasir, nanging mbah Pasir ora keguh, dheweke banjur nggedrug lemah sing dipercaya bisa ngasilake sumber banyu. Alon-alon lan telaten mbah Pasir maculi lan ngeruki lemah mau.

Page 47: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

Saya suwe tansaya jero anggone maculi lemah alas wingit. Saksuwene mbah Pasir macul lemah, dumadakan nyembul banyu saka lemah kang dipaculi mau. Mangerteni kahanan mengkono, mbah Pasir banjur sujud syukur ndedonga marang Gust amarga wis dika-bulake pepingininane mbah Pasir. Saking senenge mangerteni sumber banyu mau, mbah Pasir banjur mlayu sipat kuping mulih menyang omahe. Mbok Pasir sing lagi ana pawon banjur digeret mbah Pasir metu saka omah. “Mbok, ayo aku wis kasil ngedhuk lemah lan oleh sumber banyu ana ing alas,” kandhane mbah Pasir. “Syukur, Gusti maringi pitulungan tumrap kita pak, anggonmu ngupaya wis bisa kasil.” Pungkasane masarakat pada mangerteni anane sumber banyu ing alas wingit mau. Masyarakat kaya dene pak Daliman banjur enggal mlebu alas wingit. Meruhi banyu sing mumpal-mumpal meng-kono, masyarakat banjur pada bungah. Ana sing langsung ambyur ana ing banyu. Uga ana sing langsung njupuk ember. Ananging beda karo tumindake pak Daliman kang malah alok jare sumber banyu kuwi mau mung saka ngilmu sihir sing diduweni dening mbah Pasir lan bojone. Mbah Pasir wis aweh katrangan anggone golek sumber banyu kuwi mau saka maculi lemah nganti jeru. Ananging masyarakat ora mbelani mbah Pasir ning banjur percaya kandhane pak Daliman. Mangerteni kahanan mengkono mbok Pasir banjur muntap nesu.

42Dongeng Saka MagetanLEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA |

Page 48: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita

Mbah Pasir lan mbok Pasir banjur ambyur menyang sumber banyu. Kedadean kang ora dinyana dumadi awit saka akehe banyu sing mumbul. Banyu mumbul cepet lan sansaya cepet. Masyarakat kang awit mau padha nutuh mbah Pasir uga katut kleleb. Saya suwe banyu kang mumbul mau ngebaki alas wingit nganti mangun blum-bang. Blumbang banjur dadi tlaga. Jaka Linglung anake mbah Pasir nalika mulih menyang omahe, nemoni desa lan wongtuwane wis dadi banyu banjur nangis ngguguk. Jaka linglung banjur ndedonga marang Gusti supaya bisa ketemu maneh karo wong tuwane. Pung-kasane Jaka Linglung moksa utawa ngilang menyang tlaga. Saiki tlaga iku kondang kanthi jeneng tlaga Pasir utawa tlaga Sarangan.

43 Dongeng Saka Magetan | LEMBAGA PENELITIAN DAN PENGABDIAN MASYARAKAT | UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Page 49: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita
Page 50: Editor: Haris Supratno Surana Octo Dendy Heryanto Yunita