cak-cakaning basa jawa jaman saiki

5
Cak-Cakaning Basa Jawa Jaman Saiki AMELIA NUR SANTI DIKA ALDY PRATAMA DWI SAPUTRI FAUZAN DIKI ROMADHON

Upload: amel-n-santye-jhelita

Post on 02-Dec-2015

78 views

Category:

Documents


0 download

DESCRIPTION

Bhasa Jawa

TRANSCRIPT

Page 1: Cak-Cakaning Basa Jawa Jaman Saiki

Cak-Cakaning Basa Jawa Jaman Saiki

AMELIA NUR SANTIDIKA ALDY PRATAMA

DWI SAPUTRIFAUZAN DIKI ROMADHON

Page 2: Cak-Cakaning Basa Jawa Jaman Saiki
Page 3: Cak-Cakaning Basa Jawa Jaman Saiki

Unggah-ungguh basa Jawa yaiku pranataning basa manut lungguhing tatakrama. Tata krama, yaiku samubarang kang ana sambung rapete karo wong lagi ngomong supaya anut lan runtut paugeraning paramasastra. Tujuwan nggunaake unggah-ungguh basa yaiku kanggo ngajeni awake dhewe lan ngajeni wong-wong sing pancen kudu diajeni. Sejatine unggah-ungguh basa Jawa iku yen disinaoni kanthi njlimet akeh banget perangane, ing jaman biyen perangane kayata ngoko, madya, kromo, kedhaton. Nanging amarga saka owah gingsiring jaman lan kanggo nggampangake para siswa anggone nyinaoni basa Jawa, ing jaman saiki undha-usuking basa Jawa iku kaperang dadi 2, yaiku Ngoko lan Kromo.

Page 4: Cak-Cakaning Basa Jawa Jaman Saiki

Uggah-ungguh basa Jawa ugi ngadahi cak-cakaning ingkang adedhasar saking umur, peprenahan, drajat pangkat, drajat semat, trah, luhuring pribadi, lan tepungan anyar. Ning jaman sakmanika cak-cakaning basa ugi boten dipungatosaken malih. Tuladhanipun tiang ingkang enom boten ngajeni tiang ingkang luwih tuwa. Ing jaman biyen tiang enom minangka micanten kalian tiang ingkang tuwa nganggem basa Krama alus lan nada suaranipun lirih lan alus. Nanging jaman sak manika tiang enom minangka micanten kalian tiang ingkang luwih tuwo mboten nganggem basa krama alus lan kadang kala micanten kalian nyentak.

Page 5: Cak-Cakaning Basa Jawa Jaman Saiki

Cak-cakaning basa Jawa jaman sak menaika sampun owah, mboten sami kalian jaman ingkang kapungkur. Anak wani maneni wong tuwo, mboten ngatekakae peprenahan lan sak piturute. Menawi kedadean manika dipun terusaken saged ngerusak patrapane basa miturut lungguhing tatakrama.