bg.docx

Upload: b-net-gaming

Post on 13-Apr-2018

250 views

Category:

Documents


0 download

TRANSCRIPT

  • 7/25/2019 BG.docx

    1/9

    BG :

    Bejo kumayang temen nggonku dadi wong utowo kang

    diwenehi wiji sliramu sumantri. Aku weruh makantar kantare

    tekatmu nggonmu pengen suwito marang ratu maespati.

    SUMANTRI :

    Nuwun nggih kanjeng romo kulo mboten mundur ing

    geguntur, boten kenggoh ing pakewuh, teteping tekat giliking

    sedyo luwung bali aran tinibang kulo wirang kalamun boten

    tinampi pasuwitan kulo.

    BG SUWOJO :

    Ngger Sumantri? Ora gampang wong cilik jagate

    pengangenangen supoyo dadi kasunyatan. ong ngawulo ratu

    munu luwih ewuh, ora keno minggrang minggring kudumantep sartanipun. Setyo tuhu marang janji gegarane ora ono

    liyo mung kejobo kenceng ing tekat. !encenging tekat iku kang

    bakal nyedakno sing adoh lan mbukakno kuncine lawang

    kanugrahan.

    SUMANTRI :

    "nggih kanjeng romo ....?

    BG. SUWOJO :

    ong ngawulo diarani nistho kalamun mangro sirah,

    abandho sumitro tegese ngendel ngendelno warise kang di

    suwitani, atur tumbak cucuk#an mikoleh ake diri pribadi,

    sakuthu mengku gustine, tan netepi wajib lan iren meren

    marang konco rowanje iku dawuhe pun bopo Sumantri? $ulo

    gegaranmu opo?

  • 7/25/2019 BG.docx

    2/9

    SUMANTRI :

    "nggih ciptaning manah kulo boten sanes kejowi namung

    gegaran guno, koyo, miwah purun. %uno menika kepinteran

    koyo tegesipun ngluhuraken negoro miwah gusti ratu kulo,

    wondene purun lire tataning pawiyatan kulo ngantos tatasing

    nyowo kulo ing benjang kulo udoaken kangge keluhuran lan

    raharjaning projo maes pati

    BG SUWOJO :

    &owis yen koyo mangkunu tak lilani ngger

    REP ......

    BG SUWOJO :

    'apaku telung tahun tak sanggok ke kanggo sliramu ngger(urgo mendak kolo sirno, kowe ojo lali karo adimu yo ngger ?

    SUMANTRI :

    Adiku di.... Sukosrono mulo dino samengko siadidak kanthi

    menyang negoro maespati suwito ono ngarsaning parbu

    )ejuno ijoyo

    SUKO SRONO :

    !akang yen dadi punggowo ojo mung adol kapinteran, ojo

    mung nyebar aruming gondo, ojo ngendal ake wibowo. Ning

    kudu gede prihatine lan pintero ngebur langit. Nek kurang

    prihatine, ngedohi laku broto negoromu gampang keno

    memulo. ong kuwi nek seneng prihatin laku semedi,

    bebasane obah mamah menggok gemeplok.

  • 7/25/2019 BG.docx

    3/9

    SUMANTRI :

    &o gede panarimaku siadi wus ngilingno pun kakang.

    Sepisan maneh. Sepisan maneh dino iki siadi tak kanthi

    menyang negoro maespati.

    SUKOSRONO :

    *moh kakang, aku kwatir mengko yen kakang wirang.

    +alaran rupaku olo kakang. Aku manggon ono pojok#ing

    driyamu yo pojoking jiwamu. &en ono pepalang kanggomu aku

    kang bakal ngraboso kakang Sumantri.

    REP ......

    * POCAPAN*

    - us amungkur tebih kampahe Bambang Sumantri. %antyo

    kang winuwus, nenggih rame kang samyo gumuruh surak

    botorubuh 'engahing kutho projo $aespati, poro magang

    prajurit jejel riyel bobot bibit atumpang dengkul, jroning

    tetandingan, aben kerasan lan kasudiran, pamer wuleting godo

    trampik ngalah gegaman ingkang dawah sinurak ambal

    ambalan menengker kadi langit yekti dadi gotongan. "ngkang

    unggul gembelo sirahe gedheg gedheg pacake klicatan

    solahe koyo atos atoso dewe -

  • 7/25/2019 BG.docx

    4/9

    eneng hening sesanti budiniskolo, nir kumaraning

    pramudito sirno kang durgomo sinaput ing kaheningan.

    'inatah ing purweng kayun ulun nerbuko wiwaraning caritosinungging pralampito ginupit langening budoyo luhur kang

    adi luhung mrih dadyo tepa palupi sanggyo marsudi teteping

    darmo ingreh kautaman.

    Narbuko wiwaraning carito anggungak jagading budoyo yo

    ing kono tebaning tulodo myang kedunge lelaku, lelakon lan

    pitukon. /aku lirik gegreting pengangen angen kang

    hambabar cipto roso miwar karso lelakon miwah solah bowo

    muno muni kang awoh lelabuhan olo lan becik. (ene pitukon

    nenggih pangurbanan ingkang dadi winihing pamar sudi temah

    ngunduh wohing pakarti.

    anengging negari pundito ing kang minongko bukaning

    cerito nenggih negari maespati ing kang kinaryo bebuko

    murciteng kawi. !acarito sinten to ing kang ngasto pusaraning

    adil negoro $aespati kang dadi gegunungane wong saprojo

    neggih titising hyang isnu Ajejuluk Sri $oho 0rabu )ejuno

    ijoyo yo barjuno sosro bahu

  • 7/25/2019 BG.docx

    5/9

    &ento ginunggung wiyaring jajahan luhuring kepraban

    saratri dalan ono pedote. 0inunggel kang cerito, nuju ari sajugo

    rantak rantak sumeblak sunaring radityo dayane weh

    prabowo tentrem, jagat wetan sumamburat kawowohan berat

    mego pethak lamat lamat kang hangilingi puroyo gung

    negoro $aespati kang nuju dinten pasewakan.

    !acarito sinten to ing kang cinaket mring sang bumi noto

    nenggeh pisepuh ing $aespati nenggih ing kang paman sodo.

    0utus ing cipto sasmito pramilo tansah kinathik rinten

    pantaraning rati. uriniro sang paman sodo nenggih sang

    rekiono patih Suroto. "ng kang minongko gegedug menggolo

    gul agul sapu kawating projo $aespati.

    )ikolo semono geger pasebahan jawi yayah negoro

    katekan parang pamuk nenggih praptaniro Bamban

    Sumantri 1111

    REJUNO WIJOYO :

    $ugo tiyang lutowalhudyo, mayu ngono marang jeneng

    siro paman sodho?

    SODHO :

    !awulo nuwun ngger, amiji dating pun paman

    kalenggahan mangke

    REJUNO WIJOYO :

    *stonipun gawok ngunguning manah dene paman

    anganthi nem neman pekik ing warno ngantos kami

    tenggengen angen kulo nyawang, tumunten paringo dawuh

    meniko pawangan saking pundi soho sinten asmanipun? (arbe

    wigatos menopo minggah dating sitinggil.

  • 7/25/2019 BG.docx

    6/9

    SODHO :

    /epato diagung pangak somo ngger. Satrio ing kang

    ngabiantoro wonten ngarso paduko kekasih Bambang Sumantri

    ing kang mijil saking pertapan pulo sembagi inggih pertapan

    jati srono, kulo kanthi minggah dateng sitinggih karo nonot

    kolo semanten Bambang Sumantri nedyo suwito ing ngarso

    paduko, pramilo tumunten minggah ing blabar kawat janget

    cinencang acampuh jurit kalian poro manggolo manggala ning

    kiwuh ing kang samio magang ing projo $aespati.

    REJUNO WIJOYO :

    /ajeng kadi paran wartanipun dene sipaman kumo wantun

    anglarapaken Sumantri wonten ngarsaningskun.

    SODHO :

    Nuwun sewu sinawan dene kulo sampun kepora lancang

    nyowanaken Bambang Sumantri inggih saking anggenipun

    gegladen perang miwah anggenipun ngalah kaprigelan boten

    saget dipun timbangi dene poro prajurit ing $aespati.

    REJUNO WIJOYO :

    Opo bener koyo mangkuno patih Suroto

    SUROTO :

    Nuwun inggih sinuwun kaporo leres pangandikane paman

    Sodho. Bilih Bambang Sumantri tuhu Satriyo ingkang pinunjul

    REJUNO WIJOYO :

    Opo bener koyo mengkono Sumantri

  • 7/25/2019 BG.docx

    7/9

    SUMANTRI :

    (uh sinuwun kulo menika namung manungso limrah ing

    kang kadunungan ino salah lali apes lan mati. 0ramilo sih

    samudro pangaksami paduko ing kang kulo suwun. Boten

    nomo leres kulo matur kawegikan soho karasan kawulo dateng

    paduko njeng sinowun ananging sedoyo kolo wau inggih awit

    saking kumrang sanging manah kulo nedyo kuma celu Suwito

    wonten ngarso paduko titis wisnu ibo bingahing penggalih

    yento anggen kulo bade nyorohaken jiwo rogo kulo tumrap

    kawi dak dan miwah karaharjan negari $aespati mliyinipun

    kawi lujenganipun gusti kulo prabu )ejuno ijoyo.

    < SULUK >

    REJUNO WIJOYO :

    0aman Sodho lan patih Suroto kadi paran menggah

    pemanggih jengan diko menopo kulo kedah nampi pasuwitane

    Bambang Sumantri

    SODHO :

    (uh ngger gegununganing tiyang sak negari, tumrap kulo

    sampun trep wimbuh pantes kalamun paduko tampi

    pasuwitanipun lare jati srono niki.

    SUROTO :

    "nggih sinuwun kawulo among sumarah ing parentah dodo

    ing karso paduko. !arono sedoyo sampun kabukten bilih

    Sumantri pilih tanding ing algojo patut lamun kinaryo

    bebenteng gul aguling perang minongko soko gurune

    senopati.

  • 7/25/2019 BG.docx

    8/9

    SUMANTRI :

    (uh sinuwun ing kang minongko pepunjering jagat mugi

    keparengo paduko anampi pasuwitan kulo, nadyanto naming

    adapuk pekhatik utawi kekeset paduko kulo trimah.

    REJUNO WIJOYO :

    Sumantri?.... Ojo koyo ngunu, nadyanto poro priyayi agung

    ing $aespati kene sarujuk panjenenganingsun nompo

    pasuwitanmu nanging aku kudu biso buktekno dewe sepiro

    kandeling kulit atose balungmu, gilikeng tekatmu nggonmu

    bakal ngorbanake jiwo ragamu tumrap projo $aespati kene.

    SUMANTRI :

    (uh sinuwun abdi dalem sagah dereng kantenan boten

    sagah dereng klampahan wonten paribasan jawah kecicihanpatung sinawataken remuk binalangaken, pejah saking pun di

    abdi dalem menawi boten ngayahi dawuh paduko prabu

    arjuno ijoyo

    < KRUCILAN >

    REJUNO WIJOYO :

    Sumantri ?1 &oiki sing kok enteni, rikalunggahan iki during

    jangkep aku jejering narendro ing $aespati kalamunto during

    nyanding ananing prameswari. )ikalunggahan iki

    panjenenganingsun kepingin boyong sekaring daton ing projo

    magodo aran dewi critowati ing samangko ginubel ing

    sayumboro perang. %ak ngarani sore opo tah isuk kalamun siro

    biso nganti dewi citro wati dadi jatu kramaku tak tompo

    pasuwitanmu.

  • 7/25/2019 BG.docx

    9/9

    SUMANTRI :

    $enawi kados makaten pangestu paduko ingkang kulo

    suwun sageto lepdo ing karyo, kulo boten nedyo wangsul

    kalamunto boten sagah minangkani sedyo paduko sinuwun

    < AYAK >

    #KUNDUR NGEDATON #

    Sagebyar kataliko sang bumi noto ing $aespati majing ing

    sanggar pamelengan nedyo meminto sih nugrahing gusti

    paminta niro datan kendat.