bab iv edit

3
BAB IV PANUTUP Dudutan Adhedhasar pirembegan panaliten ing bab III, inggih punika dudutanipun kados mekaten: 1. Asumsi ing hipotesa sementara punika boten saged dipundadoskaken acuan. Keunikan fonologis basa Jawi ngoko masyarakat Kec. Kajen - Kab. Pekalongan punika saking tembung ingkang nggadahi kalih suku kata. Suku kata ingkang sepisan vocal a [a] kabukak lan suku kata kaping kalih vocal e [ɛ], fonem [a] ing suku kata sepisan punika ewah dados [ɛ]. Sasampunipun panaliten punika dipunlampahi, boten sedaya tembung ingkang nglampahi gejala fonologis punika nggadahi ciri-ciri ingkang sampun depun sebatkaken. Ananging kuwalikanipun, boten sedaya tembung basa jawi ingkang nggadahi ciri-ciri ingkang sampun disebatkaken nglampahi keunikan fonologis. Adhedhasar panaliten ingkang sampun dipunlampahi, kosa kata ingkang ngalami keunikan fonologis kasebut jumlahipun 26 tembung. Saking 26 tembung punika dipunpanta-panta dados sekawan pepanthan. a. Kosakata ingkang nujukaken keunikan fonologis kabentuk saking kata dasar. Tuladha :

Upload: teguh-darmawan

Post on 02-Aug-2015

56 views

Category:

Documents


8 download

TRANSCRIPT

Page 1: Bab iv edit

BAB IV

PANUTUP

Dudutan

Adhedhasar pirembegan panaliten ing bab III, inggih punika dudutanipun

kados mekaten:

1. Asumsi ing hipotesa sementara punika boten saged dipundadoskaken acuan.

Keunikan fonologis basa Jawi ngoko masyarakat Kec. Kajen - Kab.

Pekalongan punika saking tembung ingkang nggadahi kalih suku kata. Suku kata

ingkang sepisan vocal a [a] kabukak lan suku kata kaping kalih vocal e [ɛ], fonem

[a] ing suku kata sepisan punika ewah dados [ɛ]. Sasampunipun panaliten punika

dipunlampahi, boten sedaya tembung ingkang nglampahi gejala fonologis punika

nggadahi ciri-ciri ingkang sampun depun sebatkaken. Ananging kuwalikanipun,

boten sedaya tembung basa jawi ingkang nggadahi ciri-ciri ingkang sampun

disebatkaken nglampahi keunikan fonologis.

Adhedhasar panaliten ingkang sampun dipunlampahi, kosa kata ingkang

ngalami keunikan fonologis kasebut jumlahipun 26 tembung. Saking 26 tembung

punika dipunpanta-panta dados sekawan pepanthan.

a. Kosakata ingkang nujukaken keunikan fonologis kabentuk saking kata

dasar.

Tuladha :

akeh [akɛh] ekeh [ɛkɛh] ‘banyak’

angel [aƞɛl] engel [ɛƞɛl] ‘sulit’

b. Kosakata kabentuk saking peluluhan fonem ingkang dados fonem [ɛ] ing

suku kata kaping kalih.

Tuladha :

c. Kosakata ingkang kabentuk saking tembungingkang sampun nujukaken

keunikan fonologis.

Tuladha :

d. Kosakata ingkang boten wonten ing hipotesa ugi nujukaken keunikan

fonologis.

Page 2: Bab iv edit

Tuladha :

Ciri-ciri ingkang dipungadahi tembung-tembung ing nginggil punika boten

saged dipundadoskaken acuan tembung-tembung ingkang sanes. Tembung-

tembung sanes ingkang nggadahi ciri-ciri ingkang sami dereng mesti katujukaken

ing keunikan fonologis. Perlu nglampahi panaliten supados gamblang mangertosi

tembung punika mlebet keunikan fonologis nopo boten.

2. Ragam variabel sosial punika boten wonten pengaruhipun tumrap ciri

fonologis basa Jawi ngoko masyarakat Kec. Kajen - Kab. Pekalongan.

Adhedhasar panaliten ingkang sampun dipunlampahi, saged dipunanggep

boten wonten bab ingkang mbedakaken cara masyarakat nglafalkaken basa Jawi

ngoko kasebat. Dipunanggep kados punika amargi bab ingkang beda punika boten

signifikan, sahingga saged dipunanggep boten wonten. Pambeda ingkang dipun

anggep boten wonten punika saged dipunjlentrehkaken menawi variabel sosial ing

mastyarakat Kec. Kajen – Kab. Pekalongan boten terlalu nggadahi pengaruh

tumrap ciri fonologis basa Jawi ngoko masyarakat pekalongan.

Pamrayogi

Pamrayogi ingkang dipunparingkaken panaliten inggih punika:

1. Kadasta ing bab-bab saderengipun ingkang sampun

dipunjlentrehkaken panaliten punika naliti kajian fonologis saking basa

Jawi ngoko masyarakat Kec. Kajen – Kab. Pekalongan. Taksih wonten

perkawis saking basa Jawi pekalongan menawi dipunpundhut saking

perkawing ingkang beda. Amarga, panaliten maringi pamrayogi

supados pamaos punika naliti basa Jawi Pekalongan igkang sanes

kaliyan perkawis ingkang beda, kadasta saking segi morfologi,

semantik, sintaksis, lan sapiturutipun.

2. Panaliten punika dipunsuwun saged dipunrembakakaken kangge

nepangkaken kekhasan ingkang wonten ing basa Jawi Pekalongan

dhateng panutur-panutur sanes saking basa Jawi Pekalongan.