wayang kulit

9
Wayang kulit Pagelaran wayang kulit dimainaké dhalang kondhang ing Indonesia, Ki Manteb Sudharsono. Lakoné Gathotkaca Winisuda. Wayang Kulit iku salah sawijining pagelaran wayang ingkang mbabaraké lakon mahabharata utawa ramayana sing wayangé digawé saka kulit. Jinising wayang iki kang paling disenengi ing Tanah Jawa . Wayang iki digawé saka kulit kang ditatah lan diéntha kaya déné manungsa. Umumé wayang kulit nglakonaké lakon Wayang Purwa , nanging ana uga kang nganggo Crita Menak lan Babad Tanah Jawa , crita agama (Kristen , Buddha ), perjuwangan, lan manéka warna crita liyané. Wayang kulit dilakokaké ing layar putih kang sinebut kelir. Déné wayang-wayang kuwi ditancepaké ing debog ana ing sisih tengen lan kiwané dhalang. Gamelan kang ana ing sisih mburi ngiringi pagelaran iki. Pagelaran wayang wis diakoni déningUNESCO ing tanggal 7 November 2003 , dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan kang berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwaliké, UNESCO nyuwun supaya Indonesia njaga (preserve) warisan kuwi. [1] Bab lan Paragraf [singidaken ] 1 Panyebaran 2 Panggawéné wayang 3 Karakteristik paraga wayang [2] o 3.1 Wangun irung: o 3.2 Lambé lan garis cangkem

Upload: maritsa-pratama

Post on 26-Dec-2015

166 views

Category:

Documents


1 download

DESCRIPTION

Wayang kulit.docx

TRANSCRIPT

Page 1: Wayang kulit

Wayang kulit

Pagelaran wayang kulit dimainaké dhalang kondhang ing Indonesia, Ki Manteb Sudharsono. Lakoné Gathotkaca

Winisuda.

Wayang Kulit iku salah sawijining pagelaran wayang ingkang mbabaraké

lakon mahabharata utawa ramayana sing wayangé digawé saka kulit. Jinising wayang iki kang paling

disenengi ing Tanah Jawa. Wayang iki digawé saka kulit kang ditatah lan diéntha kaya déné manungsa.

Umumé wayang kulit nglakonaké lakon Wayang Purwa, nanging ana uga kang nganggo Crita

Menak lan Babad Tanah Jawa, crita agama (Kristen, Buddha), perjuwangan, lan manéka warna crita

liyané.

Wayang kulit dilakokaké ing layar putih kang sinebut kelir. Déné wayang-wayang kuwi ditancepaké ing

debog ana ing sisih tengen lan kiwané dhalang. Gamelan kang ana ing sisih mburi ngiringi pagelaran iki.

Pagelaran wayang wis diakoni déningUNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang

édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan kang berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible

Heritage of Humanity). Suwaliké, UNESCO nyuwun supaya Indonesianjaga (preserve) warisan kuwi.[1]

Bab lan Paragraf

  [singidaken] 

1 Panyebaran

2 Panggawéné wayang

3 Karakteristik paraga wayang[2]

o 3.1 Wangun irung:

o 3.2 Lambé lan garis cangkem

o 3.3 Tlapukan

4 Uba Rampé pakeliran

5 Simpingan

Page 2: Wayang kulit

o 5.1 Simpingan Kiwa

o 5.2 Simpingan Tengen

o 5.3 Wayang Dhudahan

6 Para Dhalang

7 Delengen Uga

8 Referensi

9 Wacan

10 Pranala njaba

Panyebaran[sunting]

Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. Wayang kulit

sumebar ing tanah Jawa lan uga pérangan liya ing Nusantara, nanging wayang iki luwih disenengi dening

wong Jawa Tengah lan saperangan Jawa Wétan. Ing antarané panggonan siji lan liyané duwé gagrag

dhéwé-dhéwé, sing paling gedhé yaiku Gagrag Ngayogyakarta lan Gagrag Surakarta. Gagrag

Banyumas lan Gagrag Pesisiran uga kondhang ing tlatahé dhéwé.

Ing jaman saiki, pagelaran wayang antuk owah-owahan. Campursari lan dhagelan mlebu ing antarané

pagelaran mau. Amarga wayang uga wis mlebu dadi acara televisi, suwéné pagelaran kang asliné sewengi

bisa dikurangi dadi sawetara jam waé.

Wayang kulit uga asring sinebut wayang purwa. Sumber caritané yaiku saka kitab Mahabharata lan

Ramayana kang ditulis déning Mpu Sedah, Mpu Panuluh, lan Mpu Kanwa.

Panggawéné wayang[sunting]

Wayang kulit umumé digawé saka bahan kulit kebo sing wis diprosès dadi kulit lembaran, saben siji paraga

wayang mbutuhaké watara ukuran 50 x 30 cm kulit lembaran sing banjur ditatah nganggo piranti

arupa wesi lancip. Wesi waja iki digawé luqih dhisik kanthi manéka wangun lan ukuran, ana sing lancip,

pipih, cilik, gedhé lan wangunliyané sing nduwèni fungsi béda-béda.

Wosé piranti mau kanggo gawé manéka bolongan ukiran ana ing lembaran wayang. Sabanjuré dipasang

pérangan awak liyané ya iku tangan. Tangan wayang dumadi saka rong pérangan ya iku lengen dhuwur

lan ngisor, saéngga tangan bisa diobahaké niru obahing tangan manungsa. Gagang wayang digawé saka

bahan sungu kebo utawa sapi. Tangan wayang uga diwènèhi gagang supaya dhalang bisa ngobahaké

tangan wayang kasebut.

Karakteristik paraga wayang[2][sunting]

Wangun irung:[sunting]

Irung Walimiring: Katon kaya piso blathi cilik, kanggo nuduhaké alusing watak lan kabangsawanan,

tuladha: Arjuna, Samba, Kresna.

Page 3: Wayang kulit

Irung Pelokan: Kaya wangun separo who pelem, nuduhaké pepadhan karo watak raseksa kasar lan

kuwat. Tuladha: Buta Rotor, Bragolba, lan paraga buta liyané.

Irung Pagotan: kanthi cangkem gusèn, nuduhaké watak galak lan kejem. Tuladha: Radèn Indrajit,

Radèn Kangsa.

Irung Bentulan: Nuduhaké keprajuritan. Tuladha: Gatotkaca, Gandamana, Bratasena.

Irung Bruton: Nuduhaké sipat lucu, tuladha:Bagong.

Irung Sumpel: Nuduhaké sipat lucu, tuladha:Semar lan Limbuk.

Irung Térong: Nuduhaké sipat bisa narik kawigatèn, kaya pelawak. Tuladha: Garèng.

Irung Cempaluk: Nuduhaké sipat konyol kaya badhut. Tuladha:Pétruk.

Irung Pèsèkan: Nuduhaké lucu. Tuladha: Togog, Mbilung, Wanara.

Lambé lan garis cangkem[sunting]

Cangkem Domis: Wangun cangkem satriya, nuduhaké kaélokan lan watak sènsitif

Cangkem Gusèn: Nggambaraké watak sok sarwa weruh, tanggung. Conto:Patih Sengkuni lan

Kartamarma

Cangem Ngablak: Kabuka lan katon gusiné. Nggambaraké watak raseksa. Conto: Boma, Durmagati

Tlapukan[sunting]

Mata Gabahan: Awangun wulir beras. Matané para ksatriya.

Mata Kedhelèn: Awangun wiji kacang, mata tokoh kaya Baladéwa, Setyaki.

Mata kedhondhongan: Awangun wiji kedhondhong, mata Patih Sengkuni lan Kartamarma.

Mata Pelengan: Nggambaraké karakter kejem, Indrajid lan Kangsa.

Mata Penanggal 1: Awangun wulan tanggal sepisan, nggambaraké watak sing ora bisa dipercaya.

Tuladha: Cakil lan Pendhita Durna.

Mata Kolikan: Nggambaraké watak lucu kaya Semar.

Mata Plolo: Nggambaraké watak bodho lan gampang dibodhoni. Tuladha: Bagong lan Togog.

Uba Rampé pakeliran[sunting]

Pakeliran utawa pagelaran wayang kulit merlokaké piranti ya iku antara liya:

Cempala : thuthukan dhalang kanggo ngiringi antawacana lan omongan ing lakon.Kelir : layar putih kang dibèbèr kanggo mainaké wayang.

Bléncong :Senthir kanggo gawé wewayangan, ing jaman saiki ana kalané senthir disulih nganggo petromax utawa lampu listrik.

Kepyak : digawé seka kuningan kanggo iringané dhalang.Kothak : wadhah wayang lan kanggo dithuthuk CempalaGedebog/debog : kanggo tancepan wayang.Gamelan : kanggo ngiringi pagelaran.

Simpingan[sunting]

Page 4: Wayang kulit

Akehe wayang ing kothak ora padha ing antarane dhalang siji lan liyane. Ana kang kurang saka 180, ana

uga kang nganti 400 wayang. Wayang mau ana kang ditata ing pakeliran sisih tengen lan kiwa, ana uga

kang ing njero kothak.

Simpingan Kiwa[sunting]

Ing antarané kang ditata ana ing sisih kiwa yaiku:

Buta

Brahala utawa Ditya

Balasrewu

Kumbakarna

Tremboko

Bathara Gana

Nilarudraka

Bathara Kala

Karungkala

Bagaspati

Yudhakalakresna

Kala Pracona

Maesasura

Lembusura

Gajendramuka

Niwatakawaca

Prahasta

Wisnungkara

Jambumangli

Pancatnyana

Arimba

Suratimantra

Sekipu

Getahbanjaran

Prabakesa

Wisnungkara

Brajawikalpa

Brajalamatan

Yamadipati

Rajamala

Indrajit  utawa Meganandha

Bukbis  utawa

Pratalamaryam

Trisirah

Trinetra

Trikaya

Triweneh

Trimurdha

Dewantaka

Dewantumut

Narantaka

Sagsadewa

Kangsa

Duryudana

Kurupati

Setija  utawa Bomanaraksura

Bogadenta

Sambu

Prabu Baladewa  kanthi

maneka wanda (versi)

Gendara  utawa Prabu

Suwala

Sugriwa

Subali

Bathara Indra

Prabu Basudewa

Matswapati

Dhestharastra

Dasarata

Drupada

Resi Bisma

Ugrasena

Singamulangjaya

Setyaki

Sanga-Sanga  utawa Jayasanga

Arya Prabu Rukma

Wibisana

Supala

Suwanda

Adipati Karna

Dhresthajumena

Denthawilukrama

Nakula

Sadewa

Trigantalpati  utawa Suman

Kumbayana

Narasoma

Narayana

Lesmanamandrakumara  utawa Sarojakusuma

Bathara Panyarikan

Bathara Mahadewa

Samba

Setyaka

Warsakusuma

Rukmarata

Wisanggeni

Pinten

Tangsen

Denawa Bajang  utawa Sukasrana

Bayi Denawa

Page 5: Wayang kulit

Dasamuka Triwikrama

utawa kurda

Dasamuka

Sumali

Rahwana

Bomantara

Wesiaji  utawa Watuaji

Brajadentha

Brajamusthi

Salya

Bismaka

Kencakarupa

Rupakencaka

Basudewa Nom

Gardapati

Seta

Utara

Wratsangka

Bismaka

Setyajid

Simpingan Tengen[sunting]

Kang ditata ing sisih tengen diwiwiti saka wayang Brahala/Dewa Amral/Dewa Mambang dipungkasi

nganggo wayang bayen.

Brahala/Dewa Amral/Dewa Mambang

Prabu Tuguwasesa/Jaya Pusaka/Renggani

Sura (versi Yogyakarta/Ki Timbul)

Bathara Bayu

Bima/Werkudara

Dhandunwacana

Ramabarghawa

Pulasiya

Bratasena/Dwijasena/Wijasena

Jagal Abilawa  utawa Billawa

Guru Putra

Bathara Brama

Gandamana

Bathara Tantra

Danarajautawa  Danapati

Antareja

Gathutkaca

Suryakaca

Abiyasa Kurda (marah)

Jaya Sumpena

Sasikirana

Sentanu

Bathara Kamajaya

Dasarata

[[Kresna Dipayana

Palasara

Manumayasa

Pandu Dewanata

Kariti  utawa Katili utawa Wilikiti

Sekutrem

Puntadewa

Yudhistira

Abiyasa Nom

Dewabrata

Arjuna

Dananjaya

Leksmana Widagda

Suryatmaja  utawa Suryaputra

Permadi

Ciptaning

Wijakangka

Yama Widura

Bathara Narada

Arimbi Yaksi

Bathari Durga

Anjani

Jembawati

Setyaboma

Rukmini

Dresanala

Erawati

Surtikanthi

Banowati

Gendari

Kunthi

Drupadi

Madrim

Trijatha

Bathari Uma

Bathari Supraba

Bathari Wilutama

Dewi Amba

sakadhang

Page 6: Wayang kulit

Antasena

Bathara Baruna

Puthut Guritna

Wisnu Kapiwara

Anoman

Resi Mayangkara

Bathara Guru

Bathara Wisnu

Kresna

Kresna Dipayana  utawa Prabu Abiyasa

Narasinga

Ramawijaya

Mahapunggung

Watugunung

Arjunasasrabahu

Kuncara Kresna

Kuncara Kresna Nom

Abimanyu

Parikesit

Dewasrani

Bathara Surya

Bathara Kamajaya

Sakri

Sucitra

Sumantri

Wrehatnala

Sanjaya

Pancawala

Priyambada

Irawan

Sumitra

Sidapaksa

Jaya Sampurna

Bambangan  (srambahan)

Bathari Sri

Sinta

Sumbadra

Srikandhi

Larasati/Rarasati

Utari

Pregiwa

Pregiwati

Sumpaniwati

Siti Sundari

Titisari

Sang Hyang

Wenang

Dewa Ruci

Wayang

Bayen/putran

Wayang Dhudahan[sunting]

Wayang dhudahan yaiku wayang kang ora melu disimping nanging mung disimpen ana sajroning kothak.

Biasane wayang dhudahan kuwi klebu wayang kang kerap dilakokake dening Ki Dhalang. Contone wayang

dhudahan :

1. Dhudahan Kurawa

Patih Sengkuni

Pandhita Durna

Burisrawa

Dursasana

Kartamarma

Jayadrata

Durmagati, Durgempa, Durmuka, lan sapiturute

Aswatama

Citraksa

Citraksi

2. Dhudahan Pandhita lan Dewa

Begawan Abiyasa

Page 7: Wayang kulit

Begawan Sempani/Sapwani

Resi Wisrawa

Begawan Wilwuk

Nagaraja

Anantaboga

Badawangananala

3.Dhudahan Raseksa (buta) Prepat

Cakil

Bragalba

Buta Rambut Geni

Buta Terong

4. Dhudahan Panakawan

Semar

Gareng

Petruk

Bagong

Togog  /Catugora

Bilung  /Sarawita

Cantrik

5. Dhudahan Keparak

Keparak/Emban ayu kembar

Ampil-ampil

Limbuk

Cangik

6. Dhudahan Prajurit

Patih Udawa

Druwajaya

Pragota

Prabawa

Patih Tuhayata

Patih Saragupita

Patih Adimanggala

Page 8: Wayang kulit

Patih Sabrangan

Ampyak/Prampogan

Wisata lan Wilmuka

Demang Sarapadha/Cekruktuna

Wadyabala Buta Pringgodani (Kalabendana, lsp)

Wadyabala Buta Ngalengka (Anggisrana,Yuyu Rumpung, Wil Kathaksini lsp)

Wadyabala Buta Kajiman/Bajulbarat

Wayang Setanan

Prajurit Kethek Tambak

7. Dhudahan Wanara

Anila

Anggada

Jembawan

Trigangga/Triyangga

Kapi Anggeni

Kapi Indrajanu

Kapi Suwida

Kapi Pramujabahu

Kapi Kingkin

Kapi Warjita/Cacingkanil

Kapi Janulen

Kapi Menda

Kapi Cucak Rawun

Kapi Saraba

8. Dhudahan Sato Kewan

Gajah(Liman/Dwipangga/Diradha/Matengga.)

Banteng (Andhaka)

Macam (Simo/Sardhula)

Ula (Sarpa/Taksaka)

Celeng (wraha)

Garudha

Kidhang

Landhak

Jaran (Kudha)

Page 9: Wayang kulit

9. Dhudahan Pusaka

Kreta Kencana

Maneka warna gegaman (Gadha, keris, jemparing, lsp)

Para Dhalang[sunting]

Timbul Hadi Prayitna

Hadisugito

Manteb Sudarsono

Anom Suroto

Enthus Susmono

Narto Sabdo

Joko Edan