uraian materi kb-2 novel 1. tegese...

34
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 1 URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novel Karya sastra yaiku salah sawijining wujud kabudayan minangka asiling kreatifitas pengarang kang kaandharake marang penikmat sastra. Karya sastra diripta dening pengarang supaya migunani, lan digunakake dening masyarakat lan pengarang dhewe. Karya sastra awujud basa minangka sarana kanggo ngandharake pamikiring pengarang. Aras (2015: 253) lumantar panalitene yaiku Personality and Individual Differences: Literature in Psychology Psychology in Literature ngandharake manawa sastra akeh sambung rapete marang bidang-bidang kaya ta sejarah, filsafat, sosiologi, psikologi lan liya-liyane. Bisa kapethik manawa karya sastra minangka wujud kreatifitase para pengarang kang kerep dibiyantu dening para ahli sejarah, filsafat, sosiologi, psikologi kang nganggo basa minangka saranane. Basa ing sajroning sastra minangka sarana sastrawan kanggo nggambarake rasa lan pikirane. Miturut Adi (2011: 16) paedahe basa ing sajrone sastra ora amung ngandharake, ananging uga paring gegambaran apa-apa kang wis disumurupi lan dirasakake dening sastrawan saengga teges kang kinandhut ing basa iku luwih amba. Panemu iki uga diandharake dening Ratna (2011: 226), kasugihaning basa kang nuwuhake karya sastra kanthi sasebutan karya seni kang duwe nilai-nilai artistik kang ora sathithik. Lumantar medium basa, karya sastra bisa diripta lan digawe kanthi wujud genre kang beda-beda. Miturut Budianta (2006: 19) ancase nggawe karya sastra kanthi pangajab kanggo menehi panglipur kanthi angrakit basa-basa kang nuwuhake greget, paring teges marang panguripan (rasa nesu, nelangsa, lan gambira) utawa bisa aweh pamikiran marang imajinasi. Sastra minangka asil ekspresining manusia kang endah. Palenggahane sastra padha karo seni. Sastra diripta lan diwaca dening para kang pengin maca kanggo anglelipur. Werren lan Wellek lumantar Kurniawan (2012: 1) paring watesan manawa

Upload: dangdang

Post on 27-Apr-2019

387 views

Category:

Documents


0 download

TRANSCRIPT

Page 1: URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novelppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31272/mod_label/intro...[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]

| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 1

URAIAN MATERI

KB-2 NOVEL

1. Tegese Novel

Karya sastra yaiku salah sawijining wujud kabudayan minangka asiling

kreatifitas pengarang kang kaandharake marang penikmat sastra. Karya sastra diripta

dening pengarang supaya migunani, lan digunakake dening masyarakat lan pengarang

dhewe. Karya sastra awujud basa minangka sarana kanggo ngandharake pamikiring

pengarang. Aras (2015: 253) lumantar panalitene yaiku Personality and Individual

Differences: Literature in Psychology – Psychology in Literature ngandharake manawa

sastra akeh sambung rapete marang bidang-bidang kaya ta sejarah, filsafat, sosiologi,

psikologi lan liya-liyane.

Bisa kapethik manawa karya sastra minangka wujud kreatifitase para pengarang

kang kerep dibiyantu dening para ahli sejarah, filsafat, sosiologi, psikologi kang

nganggo basa minangka saranane. Basa ing sajroning sastra minangka sarana sastrawan

kanggo nggambarake rasa lan pikirane.

Miturut Adi (2011: 16) paedahe basa ing sajrone sastra ora amung ngandharake,

ananging uga paring gegambaran apa-apa kang wis disumurupi lan dirasakake dening

sastrawan saengga teges kang kinandhut ing basa iku luwih amba. Panemu iki uga

diandharake dening Ratna (2011: 226), kasugihaning basa kang nuwuhake karya sastra

kanthi sasebutan karya seni kang duwe nilai-nilai artistik kang ora sathithik. Lumantar

medium basa, karya sastra bisa diripta lan digawe kanthi wujud genre kang beda-beda.

Miturut Budianta (2006: 19) ancase nggawe karya sastra kanthi pangajab kanggo

menehi panglipur kanthi angrakit basa-basa kang nuwuhake greget, paring teges marang

panguripan (rasa nesu, nelangsa, lan gambira) utawa bisa aweh pamikiran marang

imajinasi.

Sastra minangka asil ekspresining manusia kang endah. Palenggahane sastra

padha karo seni. Sastra diripta lan diwaca dening para kang pengin maca kanggo

anglelipur. Werren lan Wellek lumantar Kurniawan (2012: 1) paring watesan manawa

Page 2: URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novelppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31272/mod_label/intro...[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]

| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 2

sastra minangka karya imajinatif lumantar basa lan duwe nilai estetika kang endah.

Sawijining karya seni kaanggep adiluhung manawa ana manfaate tumrap bebarayan

akeh. Mujianto (2009: 404) uga ngandharake ing susastra Jawi akeh nilai-nilai kang

magepokan kalawan budi pekertine manungsa kang bisa kajupuk saka karya sastra. Ing

sajrone karya sastra, nilai-nilai bebrayan ditata, kadhapuk ing karya sastra, pranata

utawa tradhisi sabisa-bisa dingerteni marang para kang pengin maca utawa marang

masyarakat ing wektu sabanjure, bisa awujud tatakrama, subasita, tumindak religius,

adat istiadat, sujarah utawa nilai kultural/ nilai budaya liyane.

Miturut jinising karya sastra bisa dibedakan yaiku awujud prosa/gancaran, puisi/

bisa awujud geguritan utawa tembang lan drama. Miturut Budianta (2006: 16) konvensi

utawa paugeran kang paling baku yaiku njinisake teks sastra dadi 3 perangan, yaiku:

genre prosa, puisi, lan drama. Sawijining karya dianggep imajiner, fiksi ngandharake

sawenehing masalah-masalahing ngaurip. Pengarang bisa ngrasakake masalah-masalah

mau lan bisa digawe kanthi sarana fiksi miturut panyakrabawane (Nurgiyantoro, 2010:

2). Karya fiksi uga awujud cerita bersambung (cerbung), novel, antologi puisi, lan

antologi cerpen. Karya fiksi kang diripta lan diaturake marang para kang kapengin

maca bisa lumantar para penerbit kaya ta majalah/ kalawarti, surat kabar/ ariwarti

utawa buku. Salah sawijining jinis prosa yaiku novel.

Tumindaking analisis marang novel ora uwal saka analisis struktural, yaiku

analisis unsur instrinsik kaya ta tema, alur, penokohan, setting lan amanat. Unsur

intrinsik iku sumambung rapet anjangkepi siji lan sijine lan nuwuhake karya kang

endah. Mula saka iku, unsur instrinsik penting kanggo sarana anggoleki isining novel.

Novel dikarang dening pengarang kang ngemot cerita-cerita kang tau ditemoni

dening pengarang. Pengarang minangka manungsa uga ora uwal saka problem-problem

sosial ing sakiwatengene. Akeh faktor kang bisa dadi jalaran, kaya ta babagan ekonomi,

budaya, biologis lan psikologis. Sakabehing masalah-masalahing ngaurip ing karya

sastra karipta supaya saemper kaya kadadeyan-kadadeyan nyata ing satengahing

pengarang.

Page 3: URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novelppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31272/mod_label/intro...[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]

| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 3

Novel pancen kalebu salah sawijining karya sastra kang awujud prosa/ gancaran.

Novel duwe sifat fiksi. Tembung fiksi ing Basa Indonesia kadadeyan saka basa Inggris,

fiction. Tembung fiction iku, ing basa Inggris sejatine saka basa Latin, yaiku fictio.

Tembung fictio ateges “sawijining kang diripta”, diwangun, digawe, utawa kang

dikarang (Pujiharto, 2012: 4). Mula saka iku, karya fiksi minangka karya kang asifat

rekaan, minangka asil pangolahing ide/ gagasan dening pengarang, lan kaandharake

lumantar tetembungan. Karya sastra fiksi pancen ora ana ing ngalam nyata, ananging

minangka kaca pangilon manawa katandhing marang kadadeyan ing ngalam nyata.

Tembung “fiksi” pancen nuduhake manawa ana teges “sakabehing kang ora nyata”.

Babagan teges ini pancen nuduhake manawa novel yaiku “cerita” kang ora nyata utawa

cerita kang digawe-gawe (Pujiharto, 2012: 7-8).

Novel (Inggris: novel) minangka karya sastra kang uga sinebut fiksi. Saka

tembung asale yaiku novella ateges ‘sawijining barang anyar kang cilik’ lan sabanjure

ditegesi ‘cerita pendek’ ing sajrone prosa/ gancaran. Ing wektu saiki, tembung novella

lan novella duwe teges Indonesa kang padha (novellete), yaiku sawijining karya prosa

fiksi kang dawa caritane (Nurgiyantoro, 2013: 9-10). Mangkono iku, novel minangka

karya sastra fiksi kang kadhaupuk awujuud prosa, lan duwe alur utawa urut-urutaning

cerita kang dawa. Novel ngandharake kadadeyan kanthi bebas, njlentrehake maneka

warna kadadeyan kanthi luwih akeh lan rada njlimet, luwih komplit, detail, luwih

nengenake kadadeyan kang luwih kompleks (Nurgiyantoro, 2013: 11). Novel

ngandharake anane konflik, bisa konflik ing tataran interpersonal, intrapersonal, utawa

antarpersonal.

Rikala ngripta sawijining karya sastra mesthi ana gegayuhan kanggo

ngandharake nilai-nilai pendidikan kang dilebokake ing sajrone karya sastra iku.

Senajan ta ing jaman saiki ana nilai-nilai kang luwih bebas lan ora kudu nyonto kaya

sastra kuna kang sakabehing kudu adiluhung, ananging tetep ana gegayuhan nglebokake

nilai ing sajrone karya sastra. Nilai-nilai didaktis utawa pangajaran kang ana ing sajrone

karya sastra kaya ta pendidikan agama, moral, lan karakter. Pepenginan kang ngemu

Page 4: URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novelppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31272/mod_label/intro...[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]

| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 4

manfaat akeh iki minangka sarana nggugah lan menehi motivasi, tuladha-tuladha kang

bisa dadi paugeraning ngaurip.

Novel minangka gegambaraning ngaurip lan tumindaking para paraga kang

kayadene nyata rikala novel iku katulis (Pujiharto, 2012: 8). Novel minangka karya

fiksional kang ngandharake sesambungane para paraga siji marang sijine kang bisa dadi

pangilon marang sapa wae kang kapengin maca (Shipley lumantar Pujiharto, 2012: 8).

Novel bisa ditegesi salah sawijining karya sastra kang aweh tuladha lan bisa dadi

pangilon tumindaking manungsa kang kadhapuk kanthi wujud basa. Novel dadi

gegambaraning zaman rikala novel iku katulis. Novel anggambarake paraga-paraga

minangka wujud representasi karaktere manungsa ing ngalam kang nyata.

Novel uga jinising cerita prosa kang fiktif lan dawa, anggambarake para paraga,

tumindake lan kadadeyan-kadadeyan kaya dene ing ngalam nyata utawa anggambarake

kadadeyan kang ruwet (The American College Dictionary lumantar Tarigan, 1993:

164). Novel minangka karya sastra awujud prosa lan asifat fiksi (amung reka-reka lan

sajatine ora bisa ditemokake ing ngalam nyata), anggambarake para paraga, kadadeyan-

kadadeyan, duwe alur cerita, lan kadadeyan kang asifat bungah uga agawe trenyuh.

Novel duwe alur cerita lan konflik kang kompleks. Novel digawe dening pengarang

kanthi ancas menehi pangilon kanggo ngrasakake kadadeyan-kadadeyan kang ginambar

ing sajroning novel, supaya para kang kapengin maca bisa methik nilai kang kinandhut

ing sajroneing novel mau.

Novel bisa ngandharake sawijining karakter, situasi sosial kang rumit,

sesambungan marang paraga liya kang anduweni maneka warna karakter, lan maneka

warna kedadeyan kang ruwet ing sawijining jaman (Stanton, 2012: 90). Novel

ngandharake konflik utawa masalah-masalahing para kang duwe karakter. Titikane liya

yaiku perangan ing sajrone cerita iku, minangka gegambaran jaman rikala novel iku

katulis. Novel minangka gegambaran kadadeyan sujarah senajan ta asifat fiksi. Novel

uga ana sesambungane kalawan kadadeyan sosial, budaya, agama, ideologi, politik, lan

ekonomi.

Page 5: URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novelppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31272/mod_label/intro...[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]

| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 5

Sesambunganing kedadeyan-kedadeyan kang ana pancen digawe-gawe lan

kayadene ora jujur. Koherensi novel ana ing sesambungane marang kedadeyan-

kadadeyan iku (Stanton, 2012: 103). Karya sastra novel duwe titikan dhewe yaiku

nuduhake kapriye pepenginane pengarang. Sesambungan lan rumaketing saben alur

kang tinulis dening pengarang minangka perangan kang pancen ana lan dominan ing

sajroning karya sastra novel (Pujiharto, 2012:20).

Miturut Nurgiyantoro, karya sastra kaperang dadi 3 jinis, yaiku prosa, puisi, lan

drama. Karya sastra jinis prosa kerep kanthi wujud fiksi utawa cerita rekaan. Ananging

ora saben karya kang ngemu unsur rekan iku kalebu karya fiksi (Nurgiyantoro, 2010: 8).

Miturut kasusastran Inggris lan Amerika kang kalebu karya fiksi yaiku karya kang

awujud novel utawa cerita lan karangan-karang kang cekak.

Novel ing basa Inggris ditulis Novel minangka wujud karya sastra kang uga

sinebut kanthi tetembungan fiksi. Ing sabanjure, novel kaanggep utawa duwe sinonim

yaiku fiksi (Nurgiyantoro, 2010: 9). Tembung novel saka basa Italia Novella kang tegese

cerita cekak awujud prosa utawa gancaran. Kasusastraan Jerman nyebut novel nganggo

tembung Novella kang tegese padha karo novelet, yaiku fiksi kang ora pati dawa

(Wardhani, 2009: 15).

Tembung novel iku asale saka basa Latin novellus kang dijupuk saka tembung

novies kang ateges “anyar”. Novel uga ditegesi cerita awujud gancaran utawa prosa

kang diandharake rada dawa yaiku cerita kanthi plot lan tema kang kompleks, karaktere

akeh, lan setting cerita kang maneka warna. Novel minangka bahan kanggo introspeksi

dhiri pribadi lan anggambarake kadadeyan kang dirasakake, ditonton, kanthi wujud

tartamtu lan oleh daya tartamtu kang ndadekake thukul maneka warna karakter para

paragane. Titikaning novel yaiku pelaku utama utawa paraga utama owah nasibe utawa

panguripane.

Ana andharan liya manawa novel minangka sawijining struktur organisme kang

kompleks, unik, lan ngandharake sawijining kadadeyan nanging asifat ora langsung.

Dadi novel yaiku sawijining cerita kanthi alur kang dawa bisa awujud buku siji kanthi

cariyos kang tamat utawa luwih kang ngandharake panguripaning manungsa ananging

Page 6: URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novelppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31272/mod_label/intro...[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]

| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 6

kanthi asifat imajinatif, njlentrehake panguripaning manungsa tumeka anane kadadeyan

konflik kang bisa ndadekake owah nasibe para paraga.

Asil cipta awujud karya sastra novel ngemu kaendahan kang bisa aweh rasa

seneng, nikmat, getun, gambira, nelangsa, narik kawigaten, uga anggugah rasaning para

kang maos. Sumarjo (1991: 24) uga ngandharake manawa novel iku wujuding karya

sastra kang paling populer dhewe ing donya. Wujuding kasusastran iki akeh dicetak

dening Penerbit lan paling akeh sumebar ing masyarakat. Novel uga salah sawijining

wujud karya sastra kang ngemot nilai-nilai budaya sosial, moral lan pendidikan.

Novel minangka karya sastra kang duwe unsur loro, yaiku unsur intrinsik lan unsur

ekstrinsik kang padha sesambungan kanthi rumaket lan duwe daya pangaribawa marang

karya sastra (Sumarjo, 1991: 24).

Miturut andharan iki bisa kapethik manawa novel minangka wujud sastra kang

ngemu nilai intrinsik lan ekstrinsik. Uga ngandharake kadadeyan-kadadeyan kaya kang

ana ing alam nyata lan ngemu nilai-nilai moral kang bisa kapethik ing sajrone cerita

mau. Novel minangka karya sastra duwe perangan-perangan, unsur-unsur kang

sambung-sumambung kanthi rumaket siji lan sijine.

Gawe karya sastra kanthi wujud novel uga bisa dijumbuhake kalawan unsur

sujarah supaya anggone negesi utawa menehi interpretasi bisa luwih komplit. Menehi

interpretasi lan negesi makna sawijining karya sastra, diwiwiti kanthi nerangake teori

lan unsur kang ambangun novel. Ndhudhah lan nyinau teori ing novel, uga nyinau

unsur-unsur kang ambangun minangka sarana mangerti lan negesi novel kang bakal

dianalisis.

Novel (Inggris: novel) lan cerita cekak, uga sinebut cerita pendek (Indonesia),

cerita cekak (basa Jawa), lan Inggris (short story) minangka wujuding karya sastra kang

ngemu perangan fiksi. Sasebutan novel ing basa Inggris, lan lumebu ing basa Indonesia

sejatine saka basa Italia novella (ing basa Jerman: novelle). Dadi novella ateges

“sawijing barang anyar ananging cilik” lan suwe-suwe ditegesi “cerita cekak kanthi

wujud prosa” (Nurgiyantoro, 2013: 12).

Page 7: URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novelppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31272/mod_label/intro...[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]

| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 7

Ewasamono, novel beda kalawan cerpen utawa cerita cekak. Miturut Sayuti

(2000: 10) novel kerep katandhingake karo cerpen utawa cerkak. Amung bedane

dumunung manawa cerpen luwih cekak utawa carane nyritakake kadadeyan luwih

intensif, ananging novel luwih expands, rada ngambra-ambra lan dawa. Novel luwih

nuduhake ing babagan complexity, yaiku kapriye pengarang bisa agawe kadadeyan-

kadadeyan kanthi wujud kang luwih kompleks lan njlimet. Beda karo cerpen utawa

cerkak kang amung asifat implisit yaiku kadadeyan amung diandharake kanthi singkat

utawa cekak.

Novel minangka karya fiksi anggambarake isining donya, donya kang kaisenan

dening kadadeyan-kadadeyan kang dipengini, dikarepake, kadadeyan kang imajinatif,

lumantar sesambungane unsur-unsur intrinsike yaiku peristiwa, plot, tokoh (lan

penokohan), latar, sudut pandang, lan liya-liyane, ananging kabeh amung asifat

imajinatif (Nurgiyantoro, 2002:4).

Miturut dawaning cerita, novel luwih dawa tinimbang cerpen utawa cerkak.

Novel ngandharake kadadeyan kanthi bebas, anggone nyritakake kanthi luwih rowa,

luwih njlimet, luwih detail kanthi conto-conto kang maneka warna, uga angandharake

masalah-masalah kanthi kompleks. Ing kene kalebu unsur-unsur kang ambangun novel

iku (Nurgiyantoro, 2013: 13).

2. Ngrembakaning Prosa Fiksi Jawa

Prosa fiksi Jawa yaiku jinising karya sastra Jawa kang ngandharake cerita

langsung saka pengarang kanthi basa Jawa. Prosa fiksi Jawa sejatine saka tembung

Orate Provorsa tegese cerita langsung. Tembung fiksi ing cerita fiksi nuduhake manawa

cerita iki among asifat imajinatif, reka-reka, khayalan, dudu kadadeyan kang nyata.

Miturut Teeuw (1984) donya kang kaandharake ing prosa fiksi Jawa yaiku dunia

sekunder, yaiku kadadeyan donya kang fiktif utawa reka-reka saka imajinasine

pengarang.

Senajan ta among asifat fiktif, ananging tetep ana sesambungane kalawan

kadadeyan kang nyata. Ing kene pengarang oleh ilham saka kadadeyan-kadadeyan kang

Page 8: URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novelppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31272/mod_label/intro...[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]

| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 8

ana ing sakiwatengene pengarang. Pengarang wiwit ngrasakake, lan wusanane njupuk

kadadeyan ing sakiwatengene iku lan diwujudake ing karya sastra. Kadadeyan nyata

kang diangkat pengarang lan diandharake maneh ing karya sastra miturut Hartoko

sinebat tanda-tanda zaman.

Cerita fiksi Jawa bisa dibedakake ana 3 jinis yaiku roman, cerita pendek, lan

novel. Roman nyaritakake saperangan gegambaraning panguripan sawijining pawongan

utawa episode kehidupan sawijing tokoh lan adhakane tokoh digambarake nganti

tumeka pati. Akeh-akehe roman ngandharake cerita kanthi dawa lan kaperang dadi

pirang-pirang bab kang rada dawa. Bab-bab iku antara liya digresi utawa lanturan,

yaiku perangan cerita kang diandharake kanthi rada dawa, senajan ta ora ngandharake

paraga utama.

Cerita pendek yaiku jinising prosa fiksi kang ngandharake salah sawijining

adegan utawa episode ing panguripaning sawijining wong lan kaandharake amung

cekak, panggonan kadadeyan uga amung siji, lan enggal rampung diwaca ing wektu

kang cekak utawa ora pati suwe katimbang roman (a single sitting). Roman lan Cerita

Pendek ing sastra Jawa wiwit sumebar ing taun 1900-an.

Novel ing kene kalebu karya kang paling anyar dhewe, saka tembung Yunani

novellas kang ateges anyar. Suwe-suwe roman kalah popular lan para pengarang wiwit

nganggit jinising karya sastra awujud novel. Prosa fiksi Jawa wiwit sumebar akeh rikala

wwit ana pengarang-pengarang novel utawa cerita-cerita cekak kanthi basa Jawa. Wiwit

taun 1950 nganti tekan 1960 akeh diterbitake novel-novel basa Jawa. Waluyo (2008:

59-61) ngandharake para pengarang novel Jawa kaya ta:

a. Periode 1940-1950

Periode iki ana pengarang kang asma Harjowirogo, Yasawidadga, R.B. Sulardi,

M. Supardi (Waluyo, 2008: 59-61). Wondene asil karyane kaya ing ngisor iki.

1) Harjowirogo nganggit novel kaya ta: Pamoring Dhusun, Dhendhaning Angkara,

Sapa Ilang Suhe, Donya Damel Pepeteng.

Page 9: URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novelppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31272/mod_label/intro...[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]

| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 9

2) Yasawidagda nganggit novel Purasari, Ni Wungkuk ing Bendha Growong, Pethi

Wasiyat.

3) R.B. Sulardi nganggit novel kanthi irah-irahan: Serat Riyanto, Serat Sarwanto.

4) M Supardi nganggit novel Rahayu Abela Pati, Solo Peteng. Novel Solo Peteng

minangka anggitane M. Supardi kang kondhang rikala jaman samana.

b. Periode 1950-1990

Ing wektu ini ana pengarang-pengarang sastra Jawa kang kondhang, kaya ta Any

Asmara, Esmiet, Hardjana H.P., N. Sakbani, Sri Hadijaya, Sudharmo K.D., A.G.

Suharti, Suparto Brata, Widi Widayat, Junani, lan liya-liyane.

1) Any Asmara tau nganggit novel kanthi judul Donya Kebak Pepeteng, Anteping

Wanita, Tresna Toh Pati, Kumandhanging Katresnan, Putri Tirtagangga, Gandrung

Putri Solo, Godhaning Ati Tresna, lan liya-liyane.

2) Esmiet nganggit novel Dhayoh Bengi Sangu Paesan, Tunggak-Tunggak Jati, Randha

Teles.

3) Hardjana H.P nganggit novel Pangiraku Luput, Kanggo Bumi Pertiwi, Penganten

Anyar, Lagune Putri Kasmaran.

4) N. Sakbani nganggit novel Kanggo Bumi Kinasih, Donya Kebak Rubeda, Nyilemi

Samodra Tresna.

5) Sri Hadijaya nganggit novel Jodho kang Pinasthi, Gerilya Solo, Asmara lan

Kuwajiban, Ngranggeh Lintang Panjer Sore.

6) A.G. Suharti nganggit novel Anteping Tekad, Mendhung Kesaput.

7) Suparto Brata nganggit novel Tanpa Tlacak, Kadurakan ing Kidung Dringu, Lara

Lapane Kaum Republik, Sanja Sangu Trebela, Pethite Nyai Blorong.

8) Widi Widayat nganggit Tresna Abela Pati, Kenya Ketula-tula, Suduk Gunting Tatu

Loro, Asmara Tanpa Wates, Lelana ing Negara Sakura, Rajapati Nyalawadi,

Penganten Wurung, Aja Dumeh Mundhak Keweleh, lan liya-liyane.

9) Junani nganggit Cemara-cemara Pesisir, Mitra Sinarawedi, Priya Wis Nibakake

Tresna, Sakwise Pista Rampung, Katresnan Lingsir Sore, lan liya-liyane.

Page 10: URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novelppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31272/mod_label/intro...[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]

| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 10

Nama pengarang karya sastra Jawa modern racak-racake sinebut pengarang,

panggurit, utawa sastrawan. Sasebutan pujangga utawa kawitana, kawindra, kawiwara

utawa kawiswara ing babagan Kasusastran Jawa yen digunakake kanggo nyebut

pengarang Jawa modern wus ora cocog, amarga pujangga iku sawijining pangkat saka

kraton kang diparingake minangka abdi dalem carik. Gegandhengan saiki kraton wus

ora maringi gelar pujangga maneh, mula ora ana pengarang nganggo nama pujangga.

Manawa pujangga iku kasinungan kalimpadan warna wolu, yaiku:

1. Paramengsastra, ahli ing babagan sastra, ahli basa.

2. Paramengkawi, ahli ing babagan reriptan, ahli ngarang.

3. Awicarita, limpad ndongeng utawa carita kang nengsemake.

4. Mardawa-lagu, pinter bab tembang lan gendhing. Mardawa = alus.

5. Mardawa-basa, ahli bab migunakake basa kang ngresepake, kang njalari trenyuhing

ati, kang mahanani gembira, kang nenangi sih-wilasa lan sapanunggalane.

6. Mandraguna, wasis banget bab kagunan.

7. Nawungkridha, alus pangrasane nganti bisa nanggapi krenteging atine wong liya.

8. Sambegana, utama banget (uripe).

Samono dhuwuring ukurane pujangga ing kasusastran Jawa. Jalaran saka iku,

ing kalangan bangsa Jawa, ora akeh wong kang sinebut pujangga. Ing sasedane R. Ng.

Ranggawarsita, nganti saiki, ora ana pujangga Jawa. Dadi R. Ng. Ranggawarsita iku

kena diarani pujangga Jawa kang wekasan. (Padmosoekotjo, Ngengrengan Kasusastran

Djawa jilid II: 13).

3. Pendekatan Struktural

Pendekatan struktural minangka pendekatan kang kapengin ndhudhah perangan

sesambungane unsur siji lan sijine. Sawijining karya sastra, fiksi utawa awujud puisi

miturut kaum strukturalisme yaiku sawijining totalitas kang dibangun kanthi cara kang

koherensif dening unsur-unsure. Miturut Sangidu (2004: 16) struktur karya sastra kudu

Page 11: URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novelppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31272/mod_label/intro...[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]

| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 11

ditonton saka wujud totalitase amarga sawijining struktur kadhapuk dening saperangan

unsur-unsure.

Analisis struktural karya sastra kang awujud fiksi, bisa kanthi cara nyinau,

menehi tenger, nggambarake fungsi lan sesambungane unsur-unsur intrinsike. Analisis

struktural duwe pangajab anggambarake kanthi premati fungsi lan sesambungane

sakabehing unsur ing karya sastra. Analisis struktural ora amung nyebutake unsur-

unsur intrinsike, nanging kang luwih penting yaiku nuduhake kapriye sesambungane

unsur iku, kapriye sumbangan unsur siji marang sijine, apa kang bakal digayuh supaya

karya luwih katon estetik, lan pungkasane kapriye makna karya sastra bisa ditampa

dening para kang maos (Nurgiyantoro, 2010: 37).

Pendekatan struktural minangka langkah sepisanan ing panaliten karya sastra

sadurunge nindakake pendekatan liyane. Pendekatan struktural minangka cara kanggo

ngungak karya sastra adhedhasar unsur-unsur intrinsik kang ambangun karya sastra

kaya ta alur, penokohan, tema, setting, lan amanat. Miturut Semi manawa arep nliti

sawijining karya sastra, kang kudu ditindakake yaiku nliti aspek-aspek kang ambangun

karya sastra iku kaya ta tema, alur, latar, penokohan, gaya penulisan, gaya bahasa lan

kapriye sesambungane aspek-aspek iku saengga bisa mujudake karya sastra kang endah

(Semi, 1993: 67).

Saben karya sastra duwe metode analisis miturut sifat lan strukture. Tuladha

ndhudhah karya sastra miturut teori struktural Robert Stanton (2007) kang anglimputi:

fakta-fakta cerita (karakter, alur, latar), tema, sarana-sarana sastra (judul, sudut

pandang, gaya bahasa lan tone, simbolisme lan ironi).

a. Fakta-fakta Cerita

Nindakake analisis marang sawijining cerita lumantar unsur struktur faktual

kang ambangun cerita iku. Amarga struktur faktual minangka peranganing karya sastra

lan ora bisa dipisahake saka cerita (Stanton, 2007: 22). Fakta-fakta cerita utawa

struktur faktual iku kadadeyan saka 3 komponen yaiku karakter, alur, lan latar.

Page 12: URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novelppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31272/mod_label/intro...[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]

| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 12

1) Karakter

Stanton (2007: 33) ngandharake manawa negesi karakter kudu manganggo

konteks. Konteks sepisanan, karakter nuduhake individu-individu utawa paraga-paraga

kang ana ing sajroning cerita. Konteks kapindho, karakter nuduhake sesambungane

maneka warna kepentingan, pepenginan, emosi, lan prinsip moral saka individu-

individu kang ana ing sajroning cerita. Ing sajroning cerita bisa ditemokake amung siji

“karakter utama” yaiku karakter kang ana sesambungane marang sakabehing kadadeyan

ing sajroning cerita. Ana maneka warna cara kang digunakake dening pengarang

kanggo nuduhake lan anggambarake karakter (perwatakan) tokoh, yaiku lumantar: 1)

deskripsi eksplisit, 2) gegambaran saka pengarang dhewe, lan 3) andharan saka tokoh

utawa paraga liyane.

a) Tuladha karakter-karakter tokoh utama yaiku Joni Kismanto Joniana ing Novel

Kepanggang Wirang anggitan Tiwik S.A. kaya ta:

(1) Jirih

“Hah?!Sapa kowe?! Yagene wani-wani mlebu ruwangku tanpa dakidini?”

panyaruwene Joni kanthi swara groyok. Blaka wae, kajaba kaget Joni Kismanto uga

kedher. Luwih-luwih tamune kuwi nuduhake sikap memungsuhan.(kaca 1)

Joni Kismanto gemeter. Mripate pendirangan sedhela nyawang wanita krudhung ireng

ing ngarepe. Sedhela nyawang laci meja. Ing njero laci kuwi sumimpen pistul. Kanthi

pistul klangenane, dheweke kuwawa ngadhepi sapa wae. Ning yen dijak tandhing tiyasa

tangan kosong, ah …. wani apa ora ya ? (kaca 2)

“Mas, jebul panjenengan klebu priya jirih. Priya sing ora duwe tanggungjawab.

Nyatane ora wani ndhadhani. Malah njaluk ngapura. Wong lanang cap apa

kuwi?”panyengese Wirastri (kaca 164).

(2) duraka

Tresna? Genah ora ta. Apa mungkin Joni bisa nresnani kenya liya? Tarah tresnane

kadhung dirampas Rara Sumi. Olehe ngrabi Wirastri babarpisan ora dilambari rasa

tresna. Mung butuh mlayokake ati cuwa lan butuh kanca urip. Awit yen kudu ngenteni

randhane Sumi, huu..sida gerang kaplak ora klakon! Sumi kang wis dadi bojone Sigid

Page 13: URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novelppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31272/mod_label/intro...[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]

| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 13

Harjito genah mulya uripe. Apa hiya njur arep jaluk pegat? Dadi cetha ora ana gunane

ngarep-arep Suminingrum.( kaca 20-21)

Joni Kismanto ora sranta. Dheweke nyerak, nganti mepet. Banjur saka lesane kawetu

ucap lirih,”Jeng aku ora kabotan misah ibune bocah-bocah yen sliramu gelem

dakrengkuh.”

Sangang sasi kepungkur, Joni Kismanto tilik wong tuwane ing Sala. Awit oleh kabar

menawa wong tuwane gerah. Sasuwene omah dhewe ing Kediri, apa maneh sawise

njabat pimpinan Bank Dana Arta, Joni pancen arang banget tilik wong tuwane. Dadi

ya ora ngerti kepriye kahanane wong tuwane sadina-dinane. Bareng oleh kabar yen

wong tuwane lara, o…. Joni rumangsa dosa. Yagene sasuwene iki nglalekake wong

sing wis nglantarakake neng donya iki? (kaca 14)

(3) Kumalungkung

“Bener. Ning bojoku kuwi mung wong wadon sak-sake. Mung sakecele. Tarah mung

kanggo tamba ati cuwa. Pendhidhikane wae mung SMKK. Utege mung pas-pasan.

Untung anak sing dilairake nuruni aku, dadi rada moncer,”guneme Joni entheng wae.

Sajak kepenak nacat sisihane sing wis nyisihi kanthi setya begti nganti anak loro.(kaca

27)

(4) Kejem

“Aiyah!Ra sah kumbi! Rasah gawe alesan. Pokoke aku bali saka kantor mengko kowe

kudu wis ninggalake omah iki. Prekara bocah-bocah dadi tanggunganku. Prakara hak-

hakmu kadidene bojo sasuwene iki urusane mengko neng pengadilan.” (kaca 42)

(5) Munafik

“Kowe ora beda karo aku Tari,” ujare Joni karo mesem,”Kliru mbiji kabecikane liyan.

Sakawit aku ora ngira, sangalam donya iki wanita apik mung ibumu. Ning nyatane?Ah,

Tari lan Saksono. Kaluputane ibumu angel diapura. Purike ibumu aku pancen sing

nundhung. Awit esuk mau aku ngonangi dhewe, ibumu daktemu kuwuk lagi andon

katresnan karo wong lanang liya.” (kaca 52)

(6) Gampang nesu

Joni Kismanto nggebrak meja.

Page 14: URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novelppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31272/mod_label/intro...[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]

| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 14

“Kowe ki pancet ae Prad! Pa dhuwit pawewehku ndhisik wis entek?”

“Wala Mas. Mandhak dhuwit rongatus seket ae hlo. Mung kanggo pirang dina.

Kabutuhanku rak ya akeh,” panangkise Pradopo.

Joni Kismanto meneng, mung pandulune wae tumanjem marang priya ing ngarepe.

Pandulu benci! (kaca 77)

(7) culika

Si Dhugel tanggap, gage sumaur,”Pak Joni ora trima kowe kok gawe pangewan-ewan.

Luwih-luwih garwane uga kokgawe cacat selawase urip. Bareng ngerti yen sing gawe

cilaka kuwi kowe njur niyat males ukum kanthi kongkonan aku wong loro iki. Aku wong

loro kudu bisa malesake kanthi gawe cacatmu selawase urip uga.”

“Kurang ajar! Bener-bener jahat Joni Kismanto kuwi!” Wirastri getem- getem. (kaca

158)

b) Tuladha karakter tokoh utama Wirastri ana ing Novel Kepanggang Wirang anggitan

Tiwik S.A. kaya ta:

(1) Religius

Lelakon ireng sing tau dialami nyababake dheweke kelangan greget. Sing jenenge rasa

birahi wis ora nate mencok. Kok umpamaa ana tuntutan rasa birahi, Wirastri wis

siyaga nyabili kanthi ngakeh-akehi ibadah lan makarya. (kaca 91)

Katog anggone nyawangi blegere ing kaca, Wirastri enggal adus jibar-jibur Sakala

awake krasa seger sumyah. Rampung adus lan sholat ‘Asyar enggal tata-tata. (kaca 92)

(2) Loma

[...]”Welingku, sapungkurku kowe tetepa ngabdi Mas Joni. Awat-awatana dheweke.

Jaganen aja nganti nlisir tindake. Njur iki Mbok, dhuwit sethithik iki pituwas saka

anggonmu ngramut aku sasuwene aku neng kene,” ujare Wirastri karo menehake

lembaran-lembaran ewon. Sakawit Mbok Tarminah arep nulak. Ning Wirastri meksa.

Sidane ya ditampa. (kaca 57)

“Jujule mang pendhet Pak,” ujare Wirastri karo nampani kresek. Pesuruh kuwi ketara

bungah. (kaca 91)

(3) Setya

Page 15: URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novelppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31272/mod_label/intro...[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]

| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 15

[….]Ora getun dheweke duwe sisihan Wirastri. Awit Wirastri mujudake kang becik.

Setya bektine marang kakung kaliwat-liwat. (kaca 21)

(4) Pinter

Ing sela-selane karepotane, Wirastri isih kober melu sinau silat tenaga dhalem sing

dipandhegani dening Made Tantra dhewe. Awit Made Tantra pancen guru silat, sing

bukak kursus ing omahe. Dhasar lantip, kathik sinurung rasa adreng, lagi pitung sasi

Wirastri wis mumpuni ulah kridhaning seni beladhiri sing disinaoni. Kahanan

mangkono ndadekake senenge Made Tantra kadidene gurune (kaca 89).

b. Alur

Alur minangka sesambungane kadadeyan-kadadeyan ing sajroning cerita.

Tembung alur amung winates ing kadadeyan-kadadeyan kang sumambung ing

sajroning cerita kanthi cara kausal. Kadadeyan kausal minangka kadadeyan kang

nuwuhake sebab utawa aweh dampak marang kadadeyan liyane lan ora kena

dilirwakake amarga duwe pengaruh marang sakabehing unsur ing karya sastra.

Kadadeyan kausal ora amung winates ing perangan fisik kaya ta pacelathon lan

tumindaking para paraga, ananging uga owah-owahaning sikap karakter, caraning

mikir, lan unsur kang dadi variable liyane saengga bisa ngowahi sikap karaktere.

Alur minangka bakuning cerita. Beda kalawan elemen-elemen liyane, alur

perangan kang penting banget ananging arang-arang tinulis kanthi detail ing sawijining

analisis karya. Sawijining cerita ora arep bakal disumurupi manawa ora mangerti

babagan alur, sesambungan kausalitas, dan daya pangaribawane alur. Padha karo

elemen-elemen liyane, alur duwe kukum dhewe, alur kang apik duwe perangan ing

ngarep, tengah, lan pungkasan. Alur uga bisa agawe kaget, lan bisa ngleremake konflik-

konflik kang ana (Stanton, 2007: 26).

Waluyo (2006; 145) uga ngandharake manawa alur minangka sawijining

struktur gerak ing sajroning cerita. Bisa kapethik manawa alur minangka proses kapriye

perangan siji lan sijine lumaku tumuju perangan liyane ing sajroning cerita. Alur bisa

Page 16: URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novelppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31272/mod_label/intro...[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]

| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 16

ditegesi minangka urutaning kedadeyan ing sajroning cerita lumantar tumindaking para

paraga.

Plot utawa alur yaiku gegandhenganing kadadeyan kang sambung-sumambung

ing sajroning karya sastra. Babagan alur bisa dadi kunci kang penting amarga kanthi

alur iku kadadeyan bisa diandharake kanthi sae lan bisa didhudhah luwih apik. Ing

ngisor iki tuladha kapriye alur kang ana ing Novel Kepanggang Wirang anggitane Tiwik

S.A.

1) Situation (pengarang anggambarake sawijining cerita).

Pengarang Kepanggang Wirang wiwit anggambarake tokoh cerita yaiku piyayi

lanang anama Joni Kismanto. mengawal cerita ini dengan memperkenalkan cerita sosok

laki-laki yang bernama Joni Kismanto. Joni minangka Pimpinan Bank Dana Arta

Cabang Kediri. Joni pilara dening wong wadon kang nganggo kudhung ireng, dheweke

biyen Wirastri kang tau dadi bojone Joni Kismanto. Joni semaput lan oraa sadhar.

Pengarang Novel Kepanggang Wirang anggambarake kanthi cara flashback

yaiku nggunakake sangang wulan ing sasi iki, Joni mulih menyang kota Sala kanggo

tilik ibunekang lagi gerah. Ora dinyana Joni ketemu kancane ndhisik kang ana ing

Sekolah Menengah Atas yaiku Pirngadi. Pirngadi ngandhani Joni, mantan pacare kang

anama Suminingrum wis dadi randha amarga bojone wus seda. Sejatine, Joni wis duwe

bojo anama Wirastri, lan duwe anak loro anama Pujilestari lan Dwi Saksono.

2) Generating Circumstances (pengarang wiwit memuncak)

Joni Kismanto sawuse mulih saka Sala, dheweke katon nesu marang Wirastri.

Wiwit telung dina kepungkur, Joni katon nesu marang bojone dhewe. Joni wiwit gawe

apus-apus supaya Pradopo bisa nglakoni andonresmi kalawan Wirastri. Joni ngakon

Pradopo nglebokake obat perangsang ing sajroning gelas isi susu. Cerita sabanjure

Wirastri kelakon ngombe susu iku, ora let suwe Wirastri ngrasakake yen nepsu

asmarane thukul.

Page 17: URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novelppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31272/mod_label/intro...[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]

| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 17

Wirastri ora sadhar dheweke nglakoni tindak sedheng zina kalawan Joni. Dalijo

wektu semono arep njupuk layang-layang ing omahe Wirastri lan ngonangi manawa

Wirastri tumindak zina karo wong lanang liya. Joni ethok-ethok nuthuk Pradopo lan

nyeneni Wirastri. Kaya-kaya Pradopo lan Wirastri pancen salah. Joni trus bali menyang

kantor.

3) Rising Action (kadadeyan wiwit panas)

Wirastri diandharake wus pegatan kalawan Joni, Wirastri ora mulih menyang

Tulungagung amarga wus rumangsa kisinan amarga polahe dhewe. Wirastri banjur

lunga menyang Malang anggoleki kancane kang jenenge Sriatun ananging omahe wus

suwung lan ora ngerti saiki Sriatun ana ngendi omahe. Wirastri kaya wong ngengleng,

bingung, lungguh aneng terminal Gadhang. Dumadakan tase Wirastri dicopet ananging

banjur ana pawongan lanang tuwa kang nulungi, yaiku Bapak Made Tantra.

Pak Made nawani marang Wirastri supaya manggon ing omahe Pak Made

Tantra lan Ibu Luh Suwati neng ratan Nangka (Denpasar) lan mbukak warung mangan

ing ratan Gajahmada. Wus pitung sasi Wirastri ninggalake pulo Jawa, lan dheweke uga

sinau ngelmu pencak silat marang Pak Made Tantra.

Wirastri banjur kelingan manawa dheweke tau dirudapaksa dening Pradopo.

Wirastri kapengin mbales tumindake Pradopo. Wirastri kaandharake wus pamitan

marang Pak Made Tanta lan Ibu Luh Suwati arep bali menyang Tulungagung nemoni

wong tuwane. Sejatine Wirastri bali menyang Tulungagung arep males marang Pradopo

kang wus ngrudapaksa dheweke.

4) Climax (keadaan sudah pada puncaknya)

Wirastri kaandharake wus males tumindake Pradopo. Pradopo ngakoni manawa

dheweke dikongkon dening Joni Kismanto. Sawuse kelakon males ukum marang

Pradopo, Wirastri banjur anggoleki Joni. Kanggo njaga kaslametane, Joni nyewa tukang

kepruk anama Dalijo. Dalijo uga njaluk tulung marang Dhugel. Dhugel uga ngajak

Gemplo.

Page 18: URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novelppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31272/mod_label/intro...[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]

| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 18

Dhugel lan Gemplo banjur anggoleki Wirastri ing Bali. Sawuse ketemu bengine

wong loro arep milara Wirastri. Dhugel lan Gemplo ngira manawa Wirastri wong

wadon kang ora duwe kaprigelan silat. Sawuse bisa ketemu lan padu, Gempo lan

Dhugel rumangsa kalah banjur ditaleni dening Wirastri lan Pak Made Tantra.

5) Denounement (karampunganing sakabehing kedadeyan)

Wirastri banjur anggawa Dhugel lan Gemplo menyang omahe Joni. Joni kaget

jebul kang teka yaiku Wirastri lan Dhugel sarta Gemplo kang wus dikalahake. .

Karampunganing saka kadadeyan iki yaiku Wirastri gawe prajanjian marang

Joni yaiku tumindak culika iki amung rekayasa utawa tumindake Joni; Joni kudu rila

manawa Pujilestari lan Dwi Saksono melu Wirastri. Joni amung tetep kudu melu

angrewangi bayaran sekolah anak-anake nganti lulus; kang pungkasan yaiku Joni kudu

janji manawa bakal dadi priya kang apik.

c. Latar

Latar utawa setting bisa ateges papan utawa wektu rikala ngandharake

kadadeyan kang lumaku ing sajroning cerita. Sawijining cerita minangka gegambaran

kadadeyan, kang ditindakake dening para paraga ing sawijining papan lan wektu. Latar

yaiku lingkungan ing sakiwatengene kadadeyan ing cerita, uga swasana ing sajroning

cerita kang sesambungan kalawan kadadeyan-kadadeyan liyane kang lumaku ing

sajroning cerita. Latar bisa awujud dekor, uga wektu, mangsa, utawa ing sawijining

jaman. Senajan ta ora bisa nuduhake sang karakter utama, latar bisa nuduhake marang

wong-wong kang dadi dekor ing sajroning cerita (Stanton, 2007: 35 ).

1) Latar ing Novel Kepanggang Wirang anggitan Tiwik S.A.

a) Ruang kerja Joni

Joni minangka pimpinan bank Dana Arta cabang Kediri. Latar panggonan kerep

digambarake kanthi ruang kerja Joni.

Page 19: URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novelppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31272/mod_label/intro...[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]

| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 19

“Hah?! Sapa kowe?!Yagene wani-wani mlebu ruwangku tanpa

dakidini?”panyaruwene Joni kanthi swara groyok. Blaka wae, kejaba kaget Joni

Kismanto uga kedher. Luwih-luwih tamune kudu nuduhake sikap memungsuhan.(kaca

1)

Kantor Bank Dana Arta pancen duweni tatanan seje. Antarane ruwang karyawan karo

ruwang pimpinan rada misah. Sing cedhak ruwang pimpinan mung ruwang

sekretaris.(kaca 3)

b) Omahe Joni ing ratan Daha

Isih ing dina iku. Mung wektune rada awan sithik. Ana becak mandheg neng sangarepe

omah mewah mawa pager wesi, ing jalan Daha … . (kaca 4)

c) Kamare Wirastri

Wirastri ora tahan. Banjur mlayu mlebu kamar. Awake dibanting ing kasur … .(kaca

33)

d) Terminal Gadhang, Malang

Wirastri pepes atine. Kanthi nglenterih banjur mbecak, bali menyang terminal

Gadhang … .(kaca 84)

Latar wektu uga digambarake dening Tiwik S.A. ing Novel Kepanggang Wirang kaya ta

esuk, sore, awan.

d. Tema

Stanton ngandharake manawa tema minangka aspek cerita kang sajajar kalawan

“makna‟ miturut pengalamaning manungsa, utawa sawijining perangan kang bisa

nuwuhake pangalaman lan pangalaman iku tansah dieling-eling. Akeh banget carita

kang ngandharake lan nyinau kadadeyan utawa ndhudhah emosi kang disandhang

dening manungsa kaya ta rasa tresna, nelangsa, rasa wedi, kadiwasan rikala mikir,

kayakinan, utawa tumindaking manungsa kang nerak diri pribadi utawa nerak kukum

(2007: 36-37 ). Tarigan (2000; 125) ngandharake manawa tema minangka cara

andeleng lan rasa tartamtu kang thukul ngenani panguripan utawa saperangan nilai-nilai

Page 20: URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novelppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31272/mod_label/intro...[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]

| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 20

tartamtu, lan bisa ambangun dhasaring cerita utawa bisa dadi gagasan utama saka karya

sastra.

Miturut andharan iku, bisa kapethik manawa tema yaiku gagasan pokok kang

minangka dhasaring cerita lan duwe kalungguhan kang penting amarga bisa

njumbuhake unsur siji lan sijine kanthi bebarengan kanggo ambangun karya sastra.

Kajaba iku tema bisa dideleng saka konflik kang dumadi ana ing masyarakat.

Tema ing novel Kepanggang Wirang anggitan Tiwiek SA yaiku pengkhianatan

cinta lan pengorbanan. Tema jumbuh karo ceritane yaiku pengkhianatan cinta

nuwuhake rasa pengorbanan Wirastri kanggo urip dhewe ninggalake Joni lan anake

loro. Tema diandharake kanthi alur kang apik. Tokoh utama ing novel Kepanggang

Wirang anggitane Tiwiek SA yaiku Joni Kismanto lan Wirastri. Joni mulane minangka

bapak kang teladan dening keluarga lan para karyawane. Joni banjur diandharake wiwit

dadi pawongan kang antagonis. Wirastri diandharake minangka tokoh utama protagonis.

Pengarang ngandharake latar wektu, panggonan, lan latar sosial kanggo anjurung cerita.

Amanat saka pengarang yaiku kita kudu bisa anjaga pepenginan bojo, aja nganti tuwuh

padudon, pasulayan, lan pegatan.

e. Sarana-sarana Sastra

Sarana-sarana sastra bisa ditegesi minangka caraning pengarang milih lan

ndhapuk detail cerita supaya kasil apa kang dikarepake. Metode ini prelu amarga para

kang maos mangerti maneka warna fakta lumantar kacamataning pengarang, mangerti

apa tegese lan fungsine fakta-fakta kasebut (Stanton, 2007: 46-47). Wondene sarana-

sarana sastra ana limang perangan yaiku:

1) Judul

Judul kudu jumbuh utawa relevan marang isi cerita supaya loro-lorone kanthi

bebarengan bisa anggampangake para kang maos mangerti isining karya sastra. Judul

racak-racake tumuju marang sang karakter utama utawa latar tartamtu. Sawijining

judul kerep duwe maneka warna teges (Stanton, 2007: 51).

Page 21: URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novelppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31272/mod_label/intro...[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]

| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 21

2) Sudut Pandang

Kanthi ringkes, Stanton ngandharake manawa sudut pandang minangka cara

kita mangerti sakabehing kadadeyan ing sawijining cerita. Sifat saka “sudut pandang‟

yaiku ora thukul kanthi dadakan. Pengarang kudu pinter milih sudut pandang ing

sawijining cerita supaya cerita gampang dimangerteni lan thukul efek kang pas (2007:

52-53).

Miturut jinise, sudut pandang diperang dadi 4 yaiku:

a) Manggon ing orang pertama utama, sang karakter utama ngandharake kanthi

tembung-tembunge dhewe.

b) Manggon ing orang pertama sampingan, cerita diandharake dening sawijining

karakter ananging dudu karakter utama (amung sampingan).

c) Manggon ing orang ketiga terbatas, pengarang ngandharake adhedhasar sakabehing

karakter kang ana lan lungguh dadi orang ketiga, ananging amung ngandharake apa-apa

kang tau ditonton, dirungu, lan dipikirake dening sawijining karakter.

d) Manggon ing orang ketiga tidak terbatas, pengarang ngandharake adhedhasar

marang sakabehing karakter lan lungguh dadi orang ketiga.

3) Gaya lan Tone

Ing sastra, gaya yaiku kapriye pengarang manganggo basa. Senajan ta ana

pengarang loro nganggo alur, karakter, lan latar kang padha, asiling tulisan mesthi ana

bedane. Bedane ana ing basa lan sumebar ing sadhengah aspek kaya ta ritme, dawa

utawa cendhaking ukara, detail, humor, konkrit lan orane tembung, akehing imaji lan

metafora. Campuran saka maneka warna aspek iku bakal nuwuhake apa kang diarani:

gaya (Stanton, 2007: 61).

Tone yaiku sikap emosional pengarang kang diandharake ing sajroning cerita.

Tone bisa katon ing sadhengah wujud, kaya ta wujud kang romantis, ironis, misterius,

sepi, kaya ngimpi, utawa ngemu rasa kang angel ditegesi. Ing perangan tartamtu, tone

Page 22: URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novelppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31272/mod_label/intro...[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]

| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 22

diandharake lumantar fakta-fakta, ananging kang paling baku yaiku pilihan detail

pengarang kapriye rikala ngandharake fakta-fakta iku mau, lan mesthi adhedhasar

gayane pengarang dhewe (Stanton, 2007: 63).

Gaya bahasa kang digunakake ing Novel Kepanggang Wirang kaya ta:

Priyayi kang adate nuduhake ulat bingar ati jembar netra sumunar kuwi sajak goreh

lan rongeh… .kaca 29)

Wadon pacakan ireng-ireng kuwi mlipir-mlipir ing pipi lawang … . (kaca 5)

Joni Kismanto, pimpinan cabang Bank Dana Arta kuwi kahanane melas banget. Sawise

eling saka anggone semaput, malah saiki polah lan sambate ngaruara. Polahe kaya

cacing kepanasen. Molat-molet ngosek neng jobin karo nekem lakange… .(kaca 4]

Pengarang nganggo purwakanthi swara [a, i] rikala anggambarake Joni Kismanto bali

menyang Sala.

Bel wis dipejet. Joni ngenteni kanthi dhadha dheg-dhegan… . (kaca 24)

Gagasan utawa cipta-ripta kang dilairake sarana basa, iku ana sing carane

nglairake amung sarana basa lumrah wae, watone mung sok wong sing krungu utawa

sing maca bisa ngreti marang karep kang diwedharake. Ana sing carane nglairake

nganggo basa kang ditata apik, runtut, nganti dadi basa sing endah. Mangkono uga

wong nulis novel, wong ngarang, ana sing mung nengenake isine wae: manawa isine

wis bisa dingreteni dening wong sing maca, ya wis cukup; ana sing nggatekake basane,

ngudi kanthi temen-temen supaya dhapukaning basane bisa nglungguhi kasusastran,

yaiku bisa mujudake basa kang isi kaendahan.

Tuladhane basa ing kasusastran, kaya ta: cilik mula, uripku tansah ketula-tula

ketali; sedya ala, yen den uja, bisa mbabar dadi rubeda kang ngreribedi; saiki aku wis

tuwa, mungguha srengenge, wis adoh saka pletheke, cedhak marang surupe; watake si

Suta iku yen kaku kaya alu, yen lemes kena ginawe tali lan liya liyane (Padmosoekotjo,

18).

Karya sastra supayane bisa nyuguhake maneka warna mimesis asil turunan saka

kadadeyan kang nyata ing masyarakat, perlu kaandharake kanthi edi lan peni nganggo

Page 23: URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novelppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31272/mod_label/intro...[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]

| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 23

pencitraan-pencitraan, kaya ta pencitraan penglihatan, pencitraan pendengaran,

pencitraan penciuman, pencitraan gerak, lan ana uga kang kasebut pencitraan erotica

(Kasnadi & Sutejo, 2010).

Citra penglihatan aweh andharan marang sing maca lumantar paningal kanggo

luwih mangerti, angresepi cerita ing sajroning novel.

Sang retna ajrih maoni karsanipun ingkang raka, nanging boten karsa ngadi

busana, namung ngagem nyamping patelesan sembagi kuning wedalan ing

Kustasawit kalihan rasukanipun, tinutup ing paniti boten katingal

kasemekanipun, namung weninging jangga kawuryan sumorot apindha thathit,

kocaking netra pindha lintang karainan, dhasar sesinomipun bareh kados

mentas wungu saking sare, tindakipun mucang kanginan, kicating pada

gumebyar pindha andaru lelampah. Sang prabu awas ningali citranipun sang

kadi Ratih, ….(Serat Rangsang Tuban, kaca 8).

Sang putri ngagem nyamping padintenan seratan angreni (= anggreni de

Hollander) sampun masem, kasemekanipun plangi wedalan ing Indhu ngajeng

tanpa rasukan, ngagem rimong ngangrangan biru langit, sariranipun katingal

pindha ulam kalebet ing jala, menthar kados sekar mlathi, baludaging

prembayun kados anjebolaken kasemekan. …(Serat Rangsang Tuban, kaca 30)

Citra penglihatan iku kanggo angandharake sawijining putri kang sulistya ing

warna. Kanthi deskripsi kanggo anggambarake putri mau muga-muga sing maca bisa

ngrasakake lan kaya-kaya bisa pirsa kapriye wujude putri kang ayu mau. Ing kene

kanggo bisa ngrasakake kaendahaning putri mau nganggo sarana paningal (indera

penglihatan).

Kapriye wujude putri kang ayu diandharake kanthi tetembungan sariranipun

katingal pindha ulam kalebet ing jala, menthar kados sekar mlathi, baludaging

prembayun kados anjebolaken kasemekan. Samono uga kanggo anggambarake

swasana, pengarang uga nyugugake gegambaran alam lan amung bisa dimangerteni

kanthi apik lumantar indera penglihatan.

Seraping srengenge ginantosan padhanging rembulan nuju tanggal kaping

wolu, sitaresmi remu-remu kalingan ngregemenging mega cemeng apindha

Page 24: URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novelppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31272/mod_label/intro...[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]

| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 24

reksasa kados angangkah badhe mangsa rembulan, lepat tujunipun ingkang

pindha pragalba, rembulan oncat dhawah ing mega pethak, prabanipun sigar

salong anyoroti siluk-siluking jejurang, kados wayanganipun sawer tapak

angin, ebahing gegodhongan katempuh ing angin kados pangawening astanipun

satriya ingkang kawelas asih, …(SRT/98)

Pangeran Adipati Prabangkara, sang rajaputra sakalangkung dinama-dama,

kalis ing roga walagang kados siniram ing toya gege, cinitra warnanipun sang

pangeran pindha bang-bang mudhun saking ardi ruruh semu jatmika merak

ati… (Serat Prabangkara, kaca 1).

Ki Padmasusastra nyuguhake gegambaran kanggo nggugah indera penglihatan

kanthi pepindhan-pepindhan. Kaya ta nganggo ukara kados siniram ing toya gege.

Citraan visual digunakake dening pengarang kanggo anggambarake tokoh. Kaya ta:

sarira abrit lir tembaga sari, brengos capang ngombak pindha sarpa tapak angin naut

mamangsan. Uga anggambarake kapriye gegambarane wadya bala kraton.

Dhasar warninipun sembada dhegus, gedhe bagus sarira abrit lir tembaga sari,

brengos capang ngombak pindha sarpa tapak angin naut mamangsan, …(Serat

Kandha Bumi, kaca 15)

Bidhal panganjuring baris mawi pethukan jempana joli sarta titihanipun kuda

Sang Prabu, gumaredeg ambrubul kados lawa medal saking guwa, …(Serat

Kandha Bumi, kaca 50).

Serat Kabar Angin uga kadhapuk kanthi citraan visual kang anjalari karya sastra

luwih endah, kaya ta gegambaraning swasana ing pinggir sendhang.

Wedalipun toya gumrojog anjog ing jejurang mawur kados dhawahing

warsa….(Serat Kabar Angin, kaca 40).

Kocapa kyai patih saha wadyabala sapalih kebut bidhal dhateng ing wukir

Sadhaka, andaledeg kados toya mili saking erong, warni-warni dedamel sarta

busananing prang ingkang rekta pindha giri pawaka, ingkang kresna pindha

dhandhang reraton, ingkang pita pindha podhang rebut wowohan, ingkang seta

pindha kuntul neba, ingkang ijem riyu-riyu pindha biruning langit, ….(Serat

Kabar Angin, kaca 40).

Page 25: URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novelppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31272/mod_label/intro...[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]

| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 25

Citra pendengaran uga digunakake dening Ki Padmasusastra supaya

gegambaran kadadeyan-kadadeyan ing sajroning novel kayadene katon ing sangarepe

para kang maca. Kanggo angrasakake gegambaran ing sajroning novel, talingan

minangka sarana kang penting supayane bisa angrasakake gegambaran kedadeyan iku.

Sareng pirantos dipun cakaken gampil wedaling bayi kalayan wilujeng miyos

putri, cengeripun ing bayi tiyang sakadhaton gumuruh sami suka bingah, …

.(Serat Rangsang Tuban, kaca 20).

sang pangeran anjrit muwun angrungkebi ingkang garwa lajeng kantaka, sang

prameswari malebet ing kamar, ingkang putra sang retna sampun pinanggih

seda anjrit sarosa … oter tiyang salebeting kadhaton, gumerah pindha

swaraning jawah ingkang nrajang wana pajaten… .(Serat Rangsang Tuban,

kaca 20).

Swasana kang tintrim, sedhih kaandharake kanthi ukara gumerah pindha

swaraning jawah ingkang nrajang wana pajaten. Kapriye tangise banyi kang lagi lair

lan agawe bungahe rama lan ibune, kaungelake kanthi tetembungan cengeripun bayi

tiyang sakadhaton gumuruh sami suka bingah. Ing kene pengarang kapengin

nyuguhake kedadeyan supaya bisa dirasakake dening kang maca kanthi pitulungan

lumantar indera pendengaran.

swaraning peksi rame kados pencokan badhe mapan tilem tambah adamel

kuwur,… cumengering kidang alihan tilem kados panguwuh angaturi kondur

dhateng ing nagari Tuban,… . (Serat Rangsang Tuban, kaca 20).

(kacariyos: lolosipun sang pangeran sampun misuwur sanagari, adamel oreging

manahipun tetiyang alit, awit kaicalan memaniking praja ingkang badhe sumilih

karaton ing Indhu) sang nata dangu boten ngandika, dhedhep boten wonten

sabawa, dalah angin kendel boten lumampah,…(Serat Prabangkara, kaca 18).

Citraan pendengaran utawa citra audio kanggo anggambarake rikala swasana

ing alas, Swasana sedhih, kalebu tumiyube angin dalah angin kendel boten lumampah.

Pengarang rikala nyuguhake gegambaran alam iku bisa dimangerteni kanthi indera

pendengaran yaiku talingan. Kanthi migunakake talingan, para kang maos luwih bisa

Page 26: URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novelppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31272/mod_label/intro...[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]

| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 26

ngrasakake gegambaran kang diandharake dening pengarang. Tuladha-tuladha citra

audio/citra pendengaran ing karya sastrane Ki Padmasusastra.

sang pangeran karsa nyarirani piyambak anindhihi baris dados senapatining

prang, enggal samekta bodhol saking ing kadhaton, gumaledheg kados toya

medal saking rong… (Serat Prabangkara, kaca 58).

Ing wanci sonten para tamu sampun pepak andher gumuruh swaraning tiyang,

barung lan swaraning gangsa tuwin panjidhur pakurmatan rawuhing tamu,

gangsa angrangin boten kendel agegentosan mungel… (Serat Prabangkara,

kaca 91)

lumbungipun kebak pantun, tiyang nutu pating crengklung, boten wonten

kendelipun, menir, katul, dhedhak, merangipun…( Serat Prabangkara, kaca 3)

Sang Nata amiyosaken karsanipun angendeli Kyai Patih, … Punika

amratandhani geng sihipun Sang Nata dhateng Kyai Patih, para wadyabala

sidhem pramanem, boten wonten banenipun walang ngalisik. (Serat Kandha

Bumi, kaca 33)

Citra penciuman kanggo nyugugake gegambaran kadadeyan ing sajroning novel

marang para kang maca lumantar indera penciuman yaiku irung. Ambon-ambon kaya ta

wangi, bacin, amis, lan liya-liyane luwih bisa dirasakake kanthi indera penciuman.

Lumantar indera penciuman pengarang kapengin ngajak para kang maca supaya bisa

melu ngrasakake apa-apa kang diandharake ing sajroning novel, kaya ta:

ing kadhaton kados jebol-jebola kebak dening kathahing tiyang, wewangi ing

kadhaton kasabet ing samirana sumilir wedalipun angebeki pasamuan, kados

angin suganda awor dhedhaharan ingkang miraos kongas ambetipun, adamel

reseping para tamu. (Serat Rangsang Tuban, kaca 32)

Tekaku iki amratandhani yen ora ngowahi prasetyaku kang kaseksen witing

nagasari ing patamanan raja, kumrisiking angin anggawa suganda arum,…

(Serat Prabangkara, kaca 26)

sang prabu lenggah wonten kidul majeng mangaler, sang pangeran taklim

lenggahipun, lajeng kaaturan sasegah ingkang wangi-wangi sarta unjuk-

unjukan ingkang miraos,… (Serat Prabangkara, kaca 61)

Page 27: URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novelppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31272/mod_label/intro...[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]

| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 27

Iya, kowe kuwi ngudhak-udhak tai ana ing bathok, kuwi cikben apa, wong

sanagara wis padha sumurup yen anakmu wadon Rara Apyu kae: jarene

anakku. (Serat Prabangkara, kaca 63)

Panganten sampun wiwit kasengker winimbasara linuhur ing kumkuman, oyod-

oyodan ingkang wangi-wangi sarta pathining empon-empon, binonyo ing

ganda wida jebat kasturi,… (Serat Prabangkara, kaca 89)

Indera pencecapan utawa lumantar ilat ing karya sastra uga bisa kanggo

mbiyantu mangerteni teges ing sajroning karya sastra. Lumantar indera pencecapan

awujud ilat, pengarang kayadene nyuguhake gegambaran kadadeyan kang bisa

dirasakake kanthi sarana indera pencecapan. Tuladha-tuladha ukara kang kudu

dirasakake kanthi indera pencecapan.

saupami kelampahan kawula apalakrama miturut kajenging sanes, …cekakipun

kenging kaupamekaken kawula pineksa nedha wisa mandi ingkang saged

angrisakaken kaengetan kawula….(Serat Prabangkara, kaca 16)

amarga aku ora bisa anglakoni among suka saka pamardining yayah rena kang

nyimpang saka karepe kang nglakoni, awit prasasat wong pineksa mangan

sesuker,.. (Serat Prabangkara, kaca 28)

sang nata boten mawi taha rujak lajeng kadhahar, dereng ngantos kolu saking

rumasuking wisa sang nata lajeng sumaput anggeblag wonten pasarean, …

prameswari kekalih ingkang rawuh rumiyin sumerep ingkang raka seda sarta

sumerep ingkang dados jalaranipun mentas dhahar rujak ingkang mawi

wisa,… (Serat Kabar Angin, kaca 22-23).

Inggih nuwun. Kaleresan gusti asrep-asrep wonten ing redi, pikantuk ngombe

wedang jae, saged panas dhateng badan. Punika ulam ayem kidang angsale

ngala pun cantrik kala wau siyang, sampeyan tedha kalihan lopis: eca. (Serat

Kabar Angin kaca 59-60).

Citra gerak utawa kinesthethic uga kerep diprangguli ing sajroning karya sastra.

Tuturan kang anggambarake tumindaking para paraga kaandharake kanthi cetha

lumantar citra gerak, kaya ta kanthi tetembungan dipun palajengi, dirangkul lan

sapiturute.

Page 28: URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novelppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31272/mod_label/intro...[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]

| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 28

wusana tetela yen ingkang lumampah: ingkang dados pangajapanipun ing

tawang, enggal dipun palajengi agurawalan, lajeng dipun rangkul sarwi lara

karuna sambat amelas asih…(Serar Rangsang Tuban, kaca 52).

Satamating pamaosipun sang prabu pangastanipun serat anggregeli: boten

karaos waspa dres marawayan, … (Serat Prabangkara, kaca 18)

Utusan kekalih sareng anjepluk lumajeng sipat kuping mantuk medal margi

sanes,… (Serat Prabangkara, kaca 56)

Tempuhing prang rok silih ungkih aliru papan, deder-dineder ider-ideran,…

(Serat Prabangkara, kaca 58)

sareng dipun waspaosaken sayektos yen Rara Apyu, sang pangeran boten

pandung lajeng kinempit-kempit lungayanipun, ingaras embun-embunanipun,

… (Serat Prabangkara, kaca 64)

sang pandhita methuk rawuhipun kyai patih, tundhuk wonten ing margi lajeng

arerangkulan, sarta lajeng kerid sowan ing ngarsanipun sang nata, kyai patih

lumajeng agurawalan anyungkemi padanipun sang nata … (Serat Kabar

Angin, kaca 18)

ingkang raka karangkul lajeng kabopong kabekta mentas, sarta enggal lajeng

dipun lukari agem-agemaning mayit,…(Serat Kabar Angin, kaca 33)

Pengarang uga kerep anggambarake swasana erotis kanthi alus, nganggo simbol-

simbol kang metaforis supaya karya sastra luwih estetis, kaya ta:

Sang putri ngagem nyamping padintenan seratan angreni …sariranipun

katingal pindha ulam kalebet ing jala, menthar kados sekar mlathi, baludaging

prembayun kados anjebolaken kasemekan. …(SRT/30)

Sang retna … namung ngagem nyamping patelesan sembagi kuning wedalan ing

Kustasawit kalihan rasukanipun tinutup ing paniti boten katingal

kasemekanipun, namung weninging jangga kawuryan sumorot apindha thathit,

prembayunipun katingal saweg gumana saking kapathet ing rasukan,

kocaking netra pindha lintang karainan, … (SRT/8)

Ki Padmasusastra pinter anggambarake citra erotis kanthi tetembungan kang alus lan

agawe greget.

Page 29: URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novelppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31272/mod_label/intro...[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]

| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 29

4) Simbolisme

Gagasan lan emosi kadhangkala bisa katon nyata kayadene fakta fisis, ananging

perangan iku angel ditonton lan angel digambarake. Salah sawijining cara kanggo

anggambarake gagasan lan emosi supaya katon nyata nganggo sarana “simbol‟; simbol

awujud detail-detail konkrit lan faktual kang bisa anggugah gagasan lan emosine para

kang maca. Simbol bisa awujud apa wae, kursi, buku, utawa perangan tartamtu,

substansi fisis, wujud tartamtu, tindakan, solahing paraga, warna, swara, lan liya-liyane.

Kabeh perangan iku bisa nuduhake sawijining fakta kang sesambungan kalawan

kapribadene manungsa, rasa tresna, kuciwa, pepenginan kang semu, utawa

kawajibaning manungsa (Stanton, 2007: 64).

Ing sajroning fiksi, simbolisme bisa nuwuhake efek-efek gumantung kapriye

carane nggunakake simbol iku mau. Sepisan, sawijining simbol ana ing sawijining

kadadeyan kang penting ing sajroning cerita bisa nuduhake makna marang kadadeyan

iku. Kapindho, simbol kang kerep diandharake ngelingake ananing perangan-perangan

unsur cerita. Kang katelu yaiku sawijining simbol ana ing konteks kang beda-beda bakal

nuduhake kanggo anggampangake nemokake tema (Stanton, 2007: 65).

5) Ironi

Stanton ngandharake manawa ironi yaiku cara kanggo ngandharake apa-apa

kang ngemu kosokbalene marang apa kang katon ing perangan sadurunge. Ironi bisa

ditemokake ing sadhengah cerita. Manawa disinau kanthi bener, ironi bisa nyugihake

cerita saengga cerita dadi nyenengake, nukulake efek-efek tartamtu, thukul rasa humor

atau pathos nukulake karakter, ngraketake struktur alur, nggambarak sikap pengarang,

lan nguwatake tema (2007: 71).

Ing karangan fiksi ana 2 jinis ironi yaiku “ironi dramatis‟ lan “tone ironis. Ironi

dramatis utawa ironi alur lan situasi racak-racake thukul antarane pepenginan lan

kadadeyan kang kelakon sanyatane. Manawa tone ironis utawa ironi verbal digunakake

minangka sarana ngandharake makna kanthi cara kang ngemu kosokbalene (Stanton,

2007: 72).

Page 30: URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novelppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31272/mod_label/intro...[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]

| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 30

4. Nilai – Nilai Pendidikan

a. Hakikat Nilai

Nilai yaiku sifat-sifat, perangan-perangan kang penting lan migunani tumrap

bebrayan. (Semi, 1993:54). Miturut Ismawati nilai bisa ditegesi perangan kang penting

lan paling baku tumrap panguripaning manungsa. Nilai uga magepokan marang

sadhengah kang ala lan apik minangka abstraksi, pepenginan utawa kekarepan saka

maneka warna pengalaman (Ismiati, 2013:18).

Steeman lumantar Darmaputra ngandharake, nilai yaiku asung makna marang

sadhengah kang urip. Nilai uga saperangan kang diugemi kanthi bebarengan, rumasuk

ing sajroning jiwa, lan dadi dhasaring tumindak. Nilai luwih dhuwur tinimbang

katandhing kalawan kayakinan, nilai mesthi magepokan kalawan tindakan. Nilai bisa

dideleng saka tindakan, mula saka iku etika mesthi magepokan karo nilai (Steeman lan

Darmaputra, 1999:36).

Nilai yaiku sakabehing kang ala lan kang apik miturut Papper lan Perry

(lumantar Munandar Soelaeman, 1987:19). Nilai yaiku sakabehing kang bisa narik

kawigatening manungsa minangka subjek, sesambungan marang kang ala lan kang apik

minangka abstraksi. Mudji Sutrisno lan Hendar Putranto ngandharake manawa nilai

sakabehing kang migunani marang dhiri pribadi utawa masyarakat utawa klompok, uga

dadi tuntunan kanggo sakabehing tumindak (Sutrisno dan Putranto 2005:67).

Kaandharake maneh manawa nilai yaiku: (1) nilai ing basa Inggris value, basa

Latin valere (migunani, kiyat). (2) nilai tegese kualitas sawijining perkara kang

disenengi, uga migunani marang wong akeh (3) nilai yaiku apa-apa kang diajeni, diajeni

minangka simbol kang apik. Kosokwangsule saka nilai kang positif yaiku “ora duwe

nilai” utawa “nilai negatif”. (4) nilai uga ateges sakabehing kang ana daya faedahe,

dipengini dening wong akeh, migunani tumrap kamanungsan, lan dadi tuntunan

sakabehing tumindaking manungsa kanggo ing masyarakat” miturut Lorenz (2002:19).

b. Hakikat Moral

Page 31: URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novelppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31272/mod_label/intro...[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]

| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 31

Moral saka tembung mos (mores) kang padha dene utawa duwe sinonim yaiku

kesusilan, tabiat utawa kalakuwan. Moral yaiku ajaran babagan kang apik lan kanga la,

magepokan karo tumindaking manungsa. Sawenehing manungsa kang taat marang

aturan-aturan, kaedah-kaedah lan norma kang diugemi dening masyarakat, dianggep

tumindak kang bener miturut moral.

Kosokwangsule manawa manungsa iku ala, bisa diarani ora duwe moral. Moral

bisa awujud peraturan utawa prinsip-prinsip kang bener, apik, lan mulia. Moral bisa

awujud kasetyan, rasa patuh marang nilai lan norma kang urip ing satengahing

masyarakat, bangsa lan negara. Norma minangka wujud martabate manungsa minangka

makhluk budaya, sosial, moral lan religi. Norma minangka sikap luhur kang dikarepake

dening tata nilai supaya dituladhani.

Moral perangan kang digawe pengarang lan katujokake marang para kang maca,

moral uga ateges intisari makna ing cerita. Moral duwe teges minangka wujud kang

paling sederhana, nanging ora kabeh tema bisa klebu ing moral (Kenny lumantar

Nurgiyantoro, 2005:320). Moral minangka pandangane pengarang marang nilai-nilai

kang apik lan kaandharake marang para kang maca. Moral uga ateges kaprigelan

manungsa kanggo mbedakake perkara kang apik lan kang ala.

Rangkuman

Ing jaman saiki tetembungan novella lan novelle duwe teges kang padha ing

basa Indonesia yaiku novelet (Inggris: novelette), kang ateges karya prosa fiksi kang

rada dawa, ora pati kedawan alure, ananging uga ora pati cekak. Novel minangka

karangan prosa kang dawa duwe saperangan cerita babagan panguripaning sawijining

pawongan lan anggone nggambarake watak utawa sifat paraga mau kanthi cetha

(Nurgiyantoro, 2013:12). Novel minangka karangan prosa kang duwe unsur-unsur

yaiku unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik.

Pendekatan struktural uga kerep sinebut pendekatan obyektif, yaiku rikala arep

nliti sawijining karya sastra ora kena uwal saka unsur struktural kang ambangun karya

sastra iku. Sadurunge mlebu ing babagan penokohan kudu lumantar pendekatan

Page 32: URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novelppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31272/mod_label/intro...[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]

| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 32

struktural. Kang kudu dieling-eling, yaiku analisis struktural amung kapengin

ndhudhah lan ngandharake kanthi cermat, teliti, detail, lan premati sesambungane

sakabehing unsur lan aspek karya sastra kang ana saengga ngasilake karya sastra kang

edi lan peni (Teeuw lumantar Sangidu, 2004: 15).

Karya sastra kerep menehi nilai moral kang ana sesambungane marang sifat-

sifat kemanusiaan, lan ngluhurake martabate manungsa (Nurgiyantoro, 2007: 232).

Sifat-sifat kang luhur kasebut minangka hakikate lan asifat universal. Tegese, sifat-sifat

dadi gondhelan marang kautaman dening manungsa. Miturut asaling tembung utawa

etimologis, moral saka tembung “mos” utawa “mores” yaiku tata cara, adat istiadat,

utawa patrap lan kalakuwan (Soedarsono, 1985: 23). Nilai moral ing sajrone karya

sastra duwe ancas kanggo menehi pendidikan marang manungsa supaya mangerti

babagan nilai-nilai estetika lan budi pekerti.

Moral minangka sawijining peraturan kang prelu dijejegake minangka rambu-

rambu lan dadi pangayom masyarakate. Moral minangka asiling tumindak intelektual,

emosi, kang tundone minangka aturan kanggo angajeni lan ambedakake endi kang bener

lan endi kang salah ing sajrone masyarakat. Moral bisa asifat negatif uga bisa asifat

positif lan dadi gegebengan kanggo urip.

Bisa kapethik manawa nilai pendidikan moral ateges perangan kang apik lan

kang ala kang bisa ditampa dening wong akeh, uga bisa awujud kalakuwan, akhlak, lan

kawajiban.

Page 33: URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novelppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31272/mod_label/intro...[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]

| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 33

DAFTAR PUSTAKA

Budianta, Melani, Hussen, Ida Sundari, Budiarta, Manneke dan Wahyudi, Ibnu. 2002.

Membaca Sastra: Pengantar Mahasiswa Memahami Sastra Untuk Perguruan

Tinggi. Magelang: Indonesia.

Kasnadi dan Sutejo. 2010. Kajian Prosa : Kiat Menyisir Dunia Prosa. Ponorogo :

P2PM SPECTRUM

Nurgiyantoro, Burhan. 2007. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gadjah Mada

University Press.

Nurgiyantoro, Burhan. 2010. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gadjah Mada

University Press.

_________________.2013. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gadjah Mada

University Press.

Padmasusastra. 1902. Serat Kabar Angin. Surakarta: Vogel van der Heyde & Co.

Surakarta.

Padmasusastra. 1912. Serat Rangsang Tuban. Surakarta: n.v. Budiutama.

Padmasusastra. 1921. Serat Prabangkara. Kediri: Tan Khoen Swie.

Padmasusastra. 1924. Serat Kandha Bumi. Kediri: Tan Khoen Swie.

Padmasoekotjo. TT. Ngengrengan Kasusastran Jawi Jilid I & II. Yogyakarta: Hien Hoo

Sing.

Pujiharto. 2012. Pengantar Teori Fiksi. Yogyakarta: Ombak.

Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B Wolters Uitgevers.-

Maatschappij Groningen.

Ratna, Nyoman Kutha. 2011. Teori, Metode dan Teknik Penelitian Sastra: dari

Strukturalisme Hingga Poststrukturalisme Perspektif Wacana Naratif.

Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

Semi, Atar. 1998. Metode Penelitian Sastra. Bandung: Angkasa.

Page 34: URAIAN MATERI KB-2 NOVEL 1. Tegese Novelppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31272/mod_label/intro...[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL] | Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum

[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-2 NOVEL]

| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 34

Sangidu. 2004. Penelitian Sastra: Pendekatan, Teori, Metode, Teknik dan Kiat.

Yogyakarta: Unit Penerbit Sastra Asia Barat.

Stanton, Robert. 2012. Teori Fiksi Robert Stanton. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

Sugiyono. 2014. Memahami Peneltian Kualitatif. Bandung: Alfabeta.

SA, Tiwiek. 2016. Kepanggang Wirang. Yogyakarta: Azza Grafika.

Teeuw, A. 1984. Membaca dan Menilai Sastra. Jakarta : Gramedia.

Teeuw, A. 2015. Sastra dan Ilmu Sastra : Pengantar Teori Sastra. Bandung : PT.

Dunia Pustaka Jaya.

Waluyo, Herman J. 2008. Kesusastraan Jawa. Modul Pendidikan dan Latihan Profesi

Guru (PLPG). Surakarta: Panitia Sertifikasi Guru Rayon 13.

Waluyo, Herman J. 2011. Pengkajian dan Apresiasi Prosa Fiksi. Surakarta: UNS Press.

Link:

Serat Rangsang Tuban

Link https://www.sastra.org/katalog/judul?ti_id=516

Serat Prabangkara:

https://www.sastra.org/katalog/judul?ti_id=43

Serat Kandha Bumi

https://www.sastra.org/katalog/judul?ti_id=841

Serat Kabar Angin

https://www.sastra.org/katalog/judul?ti_id=39