serat seh jabar sodik - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // gentur tapane sang...

52
www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 1 SERAT SEH JABAR SODIK ® Pupuh 01 ® ASMARADHANA 01. //Isun amimiti nulis / ing dina saptu (puni) punika / kaliwon iku karepe / ing sasi (a)pit punika / tanggal ping wolu (pun)ika / ing taun jimawal (pun)ika / wiwitanipun // 02. //Nedha punten kang anulis / den agung kang maca miharsa / den agung pangapurane / k(e)rana dereng tiyasa / anyerat lumayanan / wantu tiyang bodho bingung / boten uning tata karma // 03. //Bilih lepat ingakang tulis / mugi dipun apuraha / atuwin lepat padane / mugi dipun kira-kira / dhateng (ing)kang amaca / tuwin liwat langkungipun / den sami angaputaha // 04. // kacarita kang anulis / titiyang ingkang langkung masiyat / tan wonten padamelane, ambeke kaya wong nyata / paksa lancing bisa / tur melarate muput / culese kaliwat liwat // 05. // Reh manah kudu kumaki / sanggup nurun ing wawacan / kaya wong (bisa) bisaa (dhewek) / tur sastrane tan kantenan / awone kabina bina / bonggane kang akon turun // 06. // Sigegena ingkang (a)nulis / kucap(a) gumanti ing tembang / tembang sinom gegatnine / sarta araneng wacan / Seh Jabar aranipun / wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / sarengat dhasar lampahe / tarekat ingkang den ambah / antepipun hakekat / maripat tarimanipun / (kang) lungguh ing wukir jumbelah // 08. // Kapindhone wus l(in)uwih / jejuluk Seh Wali Jabar / wus linuwih derajate / mangkana duk cinarita / sira Seh Wali Jabar / amuruk ing rabinipun / ing tekad (ing)kang sampurna // 09. // Nyai Mutmainah (ang)ling aris / kaula nuhun panduka / tudhuhena marga mangka / kawula lamon akarya / angantih nenun ika / sampun sirik awakipun / maring pangeran kang mulia // 10. // Seh Jabar nahuri aris / lamon ta andika karya / sakehe panggawe mangka / ngibarate raga nira / (lan) kang molahaken sira / tingalana sang purba gung / kang amolahen ing jasad //

Upload: nguyencong

Post on 17-Mar-2019

256 views

Category:

Documents


4 download

TRANSCRIPT

Page 1: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 1

SERAT SEH JABAR SODIK

® Pupuh 01 ®

ASMARADHANA

01. //Isun amimiti nulis / ing dina saptu (puni) punika / kaliwon iku

karepe / ing sasi (a)pit punika / tanggal ping wolu (pun)ika / ing taun

jimawal (pun)ika / wiwitanipun //

02. //Nedha punten kang anulis / den agung kang maca miharsa / den

agung pangapurane / k(e)rana dereng tiyasa / anyerat lumayanan /

wantu tiyang bodho bingung / boten uning tata karma //

03. //Bilih lepat ingakang tulis / mugi dipun apuraha / atuwin lepat

padane / mugi dipun kira-kira / dhateng (ing)kang amaca / tuwin liwat

langkungipun / den sami angaputaha //

04. // kacarita kang anulis / titiyang ingkang langkung masiyat / tan

wonten padamelane, ambeke kaya wong nyata / paksa lancing bisa / tur

melarate muput / culese kaliwat liwat //

05. // Reh manah kudu kumaki / sanggup nurun ing wawacan / kaya

wong (bisa) bisaa (dhewek) / tur sastrane tan kantenan / awone kabina

bina / bonggane kang akon turun //

06. // Sigegena ingkang (a)nulis / kucap(a) gumanti ing tembang /

tembang sinom gegatnine / sarta araneng wacan / Seh Jabar aranipun /

wawacan ingkang tinedhak //

07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) /

sarengat dhasar lampahe / tarekat ingkang den ambah / antepipun

hakekat / maripat tarimanipun / (kang) lungguh ing wukir jumbelah //

08. // Kapindhone wus l(in)uwih / jejuluk Seh Wali Jabar / wus linuwih

derajate / mangkana duk cinarita / sira Seh Wali Jabar / amuruk ing

rabinipun / ing tekad (ing)kang sampurna //

09. // Nyai Mutmainah (ang)ling aris / kaula nuhun panduka /

tudhuhena marga mangka / kawula lamon akarya / angantih nenun ika /

sampun sirik awakipun / maring pangeran kang mulia //

10. // Seh Jabar nahuri aris / lamon ta andika karya / sakehe panggawe

mangka / ngibarate raga nira / (lan) kang molahaken sira / tingalana

sang purba gung / kang amolahen ing jasad //

Page 2: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 2

11. //Yen angantih sira yayi / bebantal sangga buwana / tuhu tarwin

kalindhene / tajug imanmu owah / (e)lar elar tanpa niyat / obelane

panering laku / ubenge puji pujiyan //

12. //Kalindhen tetali urip / kukupinge pamiharsa / pancering tingal

kisine / pupuh(e) kempeling rasa / sentute tobat s(e)lawat / lawane

pandudut kawruh / ungkere panunggal tekad //

13. //Muson iki yar ing budi / mawure kilaping caya / pilihana ala

becik(e) / pindi nem ujar lan warah / geblegen pamisesa / gulungen

ecaning laku / wetara lawan duduga //

14. //Iku karsaning yang widi / aja kaliru ing tampa / tingalana kang

agawe / iku karsaning yang sukma / tan (a)nyakra gilingan / bebethut

minangka pemut / kekendheng kang ora samar //

15. //Lekap sangadhan adhani / likasana ya sarengat / kandheg miling

rakangate / tobat (ka)lawan salawat / yen sampun kakyuwan / tugelena

maring ngilmu / untiren lawan iktiyar //

16. //Godhagen lan banyu suci / geni mubal dat (kang) mutlak / manah

selamet kayune / ombake puji kang samar / nanging dipunprayatna /

entasana sabaripun / giraen ing jisima //

17. // Kepluk(en) den patitis / geblogen pamati raga / pepesen amoh

budine / aja pedhot (t)ingalira / maring yang maha mulia / sekulana ka

sing laku / ulinen lawan tawekal //

18. // Tengkere ing ngering budi / sikate pambilas raga / ilangena

sesukere / ingkang ana ing sasrira / tan kena kawoworan / mila ragane

pinesu / amrih awor lawan sukma //

19. // Angngulur ubenging ngilmi / undare ta kiblat papat / puji tan

pegat alinge / amani semu graita / cukit suruping tingal / angelab

pamudhar kawru(h) / (ing)kang patut pilihana //

20. // Dayane panggulung tokid / cacake ugering lampah / tan paweh

gingsir tan pare / epor (a)karya timbangan / capit adeging tingal /

sumbine kenceng (a)laku / lorongan ngaworaken raga //

21. // Pakane kang masuk parni / teropong retna sabita / trang ing

nalaka letinge / wewuluh pandhesek lampah / cecelep tir tanggana /

welira minangka ilmu, senthenge panetheg iman //

Page 3: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 3

22. // Iku yen yatna ing wangsit / aja pedhot tingalira / tingalana kang

agawe / surine nata sarengat / incing pandudut lawan / nigasi pamugas

kawruh / pan jagat sampun gumelar //

23. // Kawula atanya malih / upamane awak ingwang / rineka dening

yang manon / lir tulisana ing papan / kados pundi ing karsa / kawula

anedha wuruk / sarwi (a)ngusap Sri Nata //

® Pupuh 02 ®

S I N O M

01. // Seh Jabar mangke awarta / parkarane wong ambathik / sayakti

wise sadhasar / lamon dhasaripun becik / tulisen sawat adhi / tan

pantes kang punang tulis / marmintane mulih mulih maring dhasar //

02. // Anuju dina utama / sang ngayu leksam (am)bathik / pegawangan

alam jembar / kewalan semu ning kandil / malam merasa jati /

maningkem / lalancengipun / cang(ci)thingnge kalamulah / dhasar lorek

kang linuwih / polanipun (ing) ngaranan ayan sabitah //

03. // Kayunipun tafiriulah / geniro ilapi iki / kukusipun Nabiyulah /

kerenipun (ing) ngalam sager / cacapite tan gingsir / tingale waspada

narus / sinangga (ing) ngasta kiwa / ing lir bume (ing)kang batin /

atingalan wawayanganing dat //

04. //Saderingipun tumiba / ing papan kang punang tulis / pan sampun

rineka reka / dening juru basa(ning) ati / (da)tan salaya kapti / lahir

lawan batinipun / katelad punang pola / rengrengan anuting warni /

gemetena ing manah ingkang sampurna //

05. // Temboken ing suka lili / nanging ta den ngati ati / sampun

(a)nerajang awisan / pan sampun den wawangeni / dening kang ahlul

pasti / pernahe bebironipun / putihe wus tetela / irenge pan wus

dumeling / gemetena salas rana sadaya //

06. // Wedalen ing alam arwah / dimene amalih warni / sirepen ing

ngalam ira / dimene tamaninahugi / sumampira ing widi / iku karsaning

yang ngagung / anarima satitah / lampahena manjing mijil / pirang bara

sampurnane awakira//

07. //Benjang yen wus sij\nekulan / sedhenge ambehironi / yen sampun

katrapan soga / aja kayata sireki / sasarenana yayi / nanging sampun

Page 4: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 4

dangu dangu / nganggeya sawetara / sira ngarepaken pati / pirang bara

linorod susuke ira//

08. //Kang rayi matur anembah / dhateng kang raka (a)ririh / dhuh

gustinipun pangeran / andika wong priya singgih / kang badhe

amadhangi / dhateng kawula wong agung / kados pundi pangeran /

kawula miharsa warti / ingkang aran jatineng nyawa (pun)ika//

09. //Seh Jabar mangke angucap / nyata jiwaningsun yayi / angger

gustine si kakang / nyata sira wong (kang) singgih / yen paran dereng

uning / kanga ran nyawa (pu)iku / nenggih limang prakara / ingkang

ngaran nyawa yayi / kawruhana lungguwe sanunggal tunggal//

10. //Kawitane ana nyawa / saking enur kang dumadi / kapindho

ingaran nira / ping tiga punika budi / ping sakawan iki / osik iku

aranipun / (sa)gangsal kanga ran nyawa / batine badan majaji / iya iku

yayi kang ingaran(an) nyawa//

11. //Mulane jumeneng sira / sing enur mulane dadi / iku sipating

ngalira / mulane (a)duwe osik / saking eroh kang urip / mila jembar

budinipun / saking ngakal punika / nyataning ati puniki / mula nira bisa

ngucap saking Allah//

12. //Mulane ana paningal / sing enur mangke madhangi / mulane ana

kang polah / saking eroh ingkang mosik / mulane ana budi / saking

ngati purwanipun / mulane arerasan / saking Allah ingkang mosik /

napsu nira jasmani mosik / napsu nira jasmani sampun karangkang//

13. //Yen dereng (kang) nyawa mukdas / napsune ora kepanggih /

k(e)rana napsu(ne) nira / sampun nyateng anan dhiri / yen nyateng

(anang) dhiri / (na)napsune wonten kanga nut / nora sawala karsa /

sayaktine napsu iki / (inggih) punika ingaranan kurung nyawa//

14. //Asale sanunggal nunggal / sayaktine ora dadi / kang tumrap ing

raga nira / mapan jajatineng dhiri / kaping tigane malih / karuhun

ingkang cinatur / diri sendhine ika / ping tiga dhiri terjali / ping kalihe

dhiri kaprah ingaranan//

15. //Sakawan dhiri ing ngucap / sirahe puniku malih / ganggangsal

jalki ingaranan / puniku jatineng dhiri / iku minangka dadi / mulane

manusa iku / yen sira wruh mangkana / katrapan manusa kang bangsa

sukma//

Page 5: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 5

16. //Sampurna sapolah ira / norana panggih pinanggih / dening adhiri

punika / kawruh rasa (kang) sajati / endi kang nyawa yayi / iya diri

wastanipun / dede rupa kang wayah / nyataning dhiri puniki / rasa iku

yakti kurungan Mukamad//

17. //Mukamad wekasan tunggal / norana kang miyos malih / denin ta

sampun wekasan / datullah ingkang kalingling / yen ana kang kalingling

/ sipat kang mulia puniku / Mukamad ora kocap / datulah ingkang

kaesti / pan Mukamad kawitan angucap Allah//

18. //Dadine ana gumelar / sagung ngalam (ing)kang dadi / mangkana

salat sadaya / Mukamad kang kang muni dhingin / dadine sira yayi /

teka anut maring tutur / balik tetelak kena / jatinen Mukamad iki / kang

atudhuh sampurna ing dhiri nira//

19. //Aja nut ing wong ngakathah / dadi lir tawon ning ngalih / ora alih

kawekasan / jatineng kawula iki / den waspada ing dhiri / aja ta sira

kasurup / emutena ing nala / jatineng kawula iki / kawruhana jatineng

(kang) maha mulia//

20. //Kang rayi matura nembah / dhateng kang raka (a)ririh / dhuh

gustinipun pangeran / andika wong wong priya singgih / kang yogya

amadhangi / dhateng kawula wong ngagung / kados pundi pangeran /

kawula miharsa warti / ingaran jatineng Mukamad (pun)ika//

21. //Kang nyampurnakaken jasad / kang anyelamaken dhiri / kawula

ajeng uninga / jatineng Mukamad singgih / kalawan pinten malih /

aksara ingkang alungguh / dhateng dhiri Mukamad / kawula ajeng

udani / padhangena pun dasih ajeng uninga//

22. //Seh Jabar mangka angucap / dhuh mas mirahipun yayi / angger

gustine si kakakng / andika wanodya luwih / dya (ta0 patakone singgih

/ baya yen nora angrungu / wanodya kayandika / pun kakang popoyan

gusti / lamon yayi dereng awas ingkang nyata//

23. //Patang prakara Mukamad / kang tumrap ing raga iki / anenggih

kawan perkara / pun kakang miharsa warti / kang rayi matur aris /

kados pundi tudhuhipun / jati(neng) Mukamad ika / pundi aksara (kang)

karihin / pan punika kawula ajeng uninga//

24. //Seh Jabar mangke wecana / wonten dening kang rumiyin / aksara

mim awalika / pan kalih lawan mim akir / kaping tigane malih / aksara

(he) puniku / nenggih catur kawarna / aksara (he) dal puniki / iya iku

aksara aneng Mukamad//

Page 6: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 6

25. //Sastra sakawan punika / angebeki bumi langit / norana tawang

tumawang / jatine aksara yayi / kabeh wus angliputi / sakathahe kang

tumuwuh / saking ing aksara (he) / (sa)tunggal samargi margi / tan pra

beda Mukamad kalawan nira//

26. //Pundi tudhuhing aksara / kang catur punika malih / mimawal

(puni) punika tuwan / ing pundi tudhuhe malih / miwah mimakir singgih

/ ing pundi gene lungguh(e) / kawula babarana / aksara ke puniki /

aksara dal (ing) pundi enggene senathan//

27. //Seh Jabar mangke wewana / dhuh man jiwanipun gusthi /

mustikaning pagulingan / andika (ja)jatining estri / nyata (pa)takone

singgih / lamon paran dereng weruh / aksara mim awal ika / sirah ing

Mukamad yayi / aksara mim akir ati neng Mukamad (ika)//

28. //Akasara he iku iya / dhadhining Mukamad yayi / anenggih

Mukamad yayi / iku (kang) pasthi aksara / kalintang (ingkang) luhur /

dening amawi ngalam / aksara (sa)kawan yayi / pan sakawan aksara

kang pakumpulan//

29. //Kang rayi alon angucap / kawula matur ing gusthi / ngalame

mimawal ika / lawan ngalame mimakir / kawula dereng uning / anedha

tethelanipun / miwah (ingkang) dal / punapa malane malih / aksara ke

(pun)ika ngalame punapa//

30. //Ngalamna pulwastha nira / tan mengeng maring pangasih /

angrasa lamon wus tunggal / sembah puji kang kalingling / ngalam

malakul (pu)iki / angesthu lamun ginunggung / panembah idep ira / tan

mengeng maring pamuji / tan ing ngrasa siniyan dening pangeran//

31. //Aksara he iku iya / ngalam jabarul winarni / ingaranan sapaworan

/ sakehe sasita kepti / angrasa yen linuwih / jambaring manah tan surut

/ angagungaken ing dal(a) / aksara dal (kang) kinawi / ingaranan

ngalam laut (kang) wekasan//

32. //Angrasa yen kawisesa / tan gingsir ing pangabakti / angrasa

lamon kawula / tata karma kang den esti / punika kang pamanggih /

dadi ing pitutur isun / saking aksara ika / kang anang Mukamad yayi /

kawruh ana gelaring aksara papat//

33. //Kang yayi matur anembah / dhateng kang raka aririh / dhuh

gustinisun pangeran / andika wong priya singgih / kang amuruk maring

mami / saking kawula bodho bingung / kados pundi pangeran / kawula

dika padhangi / ingkang muruk maring akerat//

Page 7: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 7

® Pupuh 03 ®

K I N A N T H I

01. //Seh Jabar mangke amuwus / dhateng kang rayi aririh / pilih

wanodya mangkana / pamurukane (i)lapi / (a)duh gustine si kaki /

andika guruning estri//

02. //Ana dening kang minatur / aksara ingkang ginait / ing munira

akasara / kang mungguh mimawal akir / ngaras kursi kang kinarya /

dadine aksara dhingin//

03. //Wonten dening kawruhipun / aksara mimakir yayi / dadine loh

kalam ika / (kang) kaping kalihe malih / den nyata ing ana nira /

kawruhana kang rumihin//

04. //Wonten dening kang ing pungkur / aksara ka (ing)kang dumadi /

sawarga lawan kagungan / iku minangkane dadi / kawruhana mula nira

/ jatineng sarira neki//

05. //Aksara kang mugeng suku / (kang) kadadiyane malih / sakehe

jagat gumalar / madal saking aksara alip / iku tan pinangka nira / kang

dhingin lawan kang kari//

06. //Woten dening kang winuwus / Mukamad mangke puniki / iku yayi

ingkang ana / dadine gelaring urip / iku yayi den karaksa / para gusti

den nastiti//

07. //Iya iku mulanipun / ana bumi ana langit / ana sawarga neraka /

miwah ngarsa lawan kursi / dhing dhing jalal iku tunggal / iya sing

aksara mim//

08. //Kawruh ana mulanipun / dadine jagat puniki / lawan sakehe kang

ana / dadine jagat puniki / ing mangke sampun winedar / thukule ana

ing bumi//

09. //Dadi agung sipatipun / engkaurahaning yang dadi / ora ana

(ingkang) bingal / cukule jalma kang lahir / nanging yayi kawruhana /

asale legine dhingin//

10. //Kang sampun umateng kawruh / kawruh ana kang dumadi /

mapan sakehe kang ana / dadine jagat puniki / nanging yayi kawruhana

/ aksara (ing)kang jatim//

Page 8: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 8

11. //Kang rayi anembah matur / saya mekulada malih / kawula nuhun

pangeran / tudhuhe aksara iki / Seh Jabar mangke ngandika / iy ayayi

sun wartani//

12. //Aksara tigang dasa iku / kabeh wus anang (ing) dhiri / lagi

kumpuling aksara / insane kamil angliputi / iku yayi kawruh ana /

lungguhe sanunggil tunggil//

13. //Aksara alip puniku lungguwe / ana ing ati / aksara be punika /

lungguhe ing netra neki / iya ireng irenge netra / iku (wa)wayanganing

urip//

14. //Aksara ba enggenipun / ing ngirung (pun)iku yayi / (a)nenggih

aksara se ika ika / bahu kanan lawan keri / aksara jim punika / kuping

kanan la(wa)n keri//

15. //Aksara he enggenipun / ing ngirung (pun)iku yayi / (a)nenggih

aksara se ika ika / bahu kanan lawan keri / aksara jim punika / kuping

kanan la(wa)n keri//

16. //Aksara keke puniku / lamkung kiwa tengen nenggih / aksara dal

punika / suku kanan lawan keri / kurup ya reja punika / kempongan

kakan (lan) kiri//

17. //Aksara sin sin puniku / lungguwe ing susu neki / kiwa tengen iku

iya / aksara sad enggeneki / kalawan aksara bad / gigir iga kanan keri//

18. //Aksara te le puniku, lungguhe wonten ning pundi / kawula pajar

rana / lungguwe sanunggil nunggil / Seh Jabar aris ngandika / iya

mangke sun wartani//

19. //Te (a)neng jantung kanan iku / te le anang jantung keri /

anenggih ngain keri / lungguwe ana ing ngati / aksara gin (pu)nika /

kalawan (ing) pa (pun)iki//

20. //W(al)ikat kanan enggenipun / miwah lawan keri neki / aksara kap

kap punika / tunggal lungguwe kap pakir / ing bathuk (kang) kanan nira

/ (ka)lawan bathuk (kang) keri//

21. //Aksara lam tenggenipun / ing otot ira (pun)iki / aksara mim

lungguhnya / (a)nang amperun nira yayi / miwah kurup enun ika /

lungguwe ana ing gigir//

Page 9: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 9

22. //Aksara wawu enggenipun / lungguwe ana ing sikil / miwah kurupe

punika / lungguwe ana ing daging / aksara lam alip ika / enggene

suwara nira (iki) / /

23. // Aksara ambyah puniku / lungguwe ana ing pundi / kawula

papajar ana / tuwuhe aksara iki / Seh Jabar aris ngandika / ing kala

mungguhi reki / /

24. //Aksara iya puniku / lungguwe ana ing pundi / Seh Jabar mangke

ngandika / iya iku ana (ing) kulit / dadine manusa ika / kalimah(e)

insane kamil//

25. //Siti Mutmainah (a)matur / (ma),aring kang raka aririh / kawula

(a)nuhun pandum / katudhu(we) aksara iki / jawa ngurat tabor kuran /

kitab torat lawan injil//

26. //Wobten dening kumpulipun / tuwan tudhuhena gusthi / milane

mawi sandangan / aksara jawa puniki / Seh Jabar aris ngandika / iya

yayi sun wartani//

27. //Aksara jawa puniku / ana suku ulu iki / ana talingan tarongan /

ulu pepet cakar iki / anenggih asuku pingkal / ulu layar wija nenggih//

28. //Aksara jawa toret iku / miwah jabur lawan injil / padha kabeh

ngalih dasa / lulukuning kurup iki / tandhaning ulu (pun)ika / kalam

mullah ingkang suci//

29. //Nora basa S(u)wara iku / kalamullah maha suci / anang lokil

makpul ika / kalam panulis pribadi / saking kodrat lan iradat / ing

ngaras enggene (nu)nulis//

30. //Munyer kalame puniku / anulis aksara jati / mangka dadi rupa

aksara / bunderin ningalan iki / dada jabar jer (pun)ika / miwah apespi

puniki//

31. //Sarta tinurana niku / puji kadim angrimangi / aksara kang awal ika

/ aksara ngarab kang dadi / mangke ing aksara ngarab / tan naganti

lawan jawi//

32. //Nanging kari modalipun / aksara jawa puniki / pernahe ing kiwa

nira / kang ing tengen niki / jawa ngarab dadi dammar / ing jagat kang

wayang kawi//

Page 10: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 10

33. //Purwaneng aksara iku / duktampa pangandikaning / (ing) Allah

mulaning aksara / (kang) dadi nyata ing dhiri / iku ingaranan nekat /

elloh kalam (kang) anang dhiri//

34. //Duk anang wawadhah iku / ingaranan kat gaib / duk dinumuk ing

kalam / sinokat aran nyerahni / wiwit aneng ana alam / duk nekat ana

ing kalam//

35. //(Kang) Gumilang gilang asruh / suwi warnih tanpa siring / (kang)

wastanipun malih yah / tudhuwe sinakot iki / duk during t(um)iba ing

papan / miwah rekeh during muni//

36. //Akadiyat aranipun / annuli tumiba iki / kang kamahana ing papan

/ tunggal ingaran nadrahni / mulane dadi aksara / tigang dasa anang

dhiri//

37. //Sakehe aksara kumpul / amring alip tan puniki / aksara arab duk

tumrap ing papan kang suci marnih / olih patang puluh dina / bunder

kadya puniki//

38. //Ana gatrane puniku / dadi jabar jer (pun)iki / ana dadi pespika /

sarta tinurunan puji / la ila ha illallah / puji sukma arimangi//

39. //(Iya) jatine aksara iku / iya ana kita iki / iku wiwitaning aksara /

dadi ana kita iki / aksara jati iku tunggal / lawan aksara jawi//

40. //Kiwa tengen anggenipun / ing luhur ing ngandhap iki / lanang

wadon iku iya / agama lawan drigami / mulane mawi sandhangan / duk

mulianing drigami//

41. //Papahes ping karma iku / miwah agama (pun)iki / tata karma den

anggawa / duk maksih aksara iki / wedaring pinadhar kama / miowah

aksara kang dadi//

42. //Kang tanpa sandhangan iku / tan maprah pantering iki / aksara

jawa lan arab / rebutan kadi ing mangkin / upama kadha sandhangan /

tata karma lan drigami//

43. //Aksara mim ing rambut / kanga met tokoken getih / aksara kap

(pun)ika / bahunira (pun)iki / aksara jim punika / bahu kiwa pernah

neki//

44. //Aksara dal pernahipun / pupu tengen la(wa)n keri / anenggih re

punika / pupu kiwa pernah wentis / Seh Jabar mangke angucap / kaya

wuruk pisun dhingin//

Page 11: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 11

45. //Kaya kagunturan pantun / pangandikaning wong singgih /

pangeran gusthi kawula kang asawang nagasari / andika kang

madhangana / dhateng kawula iki//

46. //Kawula anuhun atur / tuwan padhangana gusthi / temuning badan

lan nyawa / (ing0 pundi enggene kapanggih / kawula nun panduka /

kang ingaran kawin (ba)batin//

47. //Seh Jabar mangke amuwus / dhuh mas mirah isun gusthi / ora

nyana isun mirah / yen sira wanodya luwih / ataken ujar larangan /

kasmaran aturing rabi//

® Pupuh 04 ®

ASMARADHANA

01. //Nyi Mutmainah anangis / angrungu wejanging priya / kasmaran

ing jro nalane / sarwi anyangkemi padha / lah tuwan padhangena /

kawin batin wiyosipun / temaning badhan lan nyawa//

02. //Seh Jabar nahuri aris / patemoning badhan lan nyawa / jrone

wetenge ibune / said he limang perkara / kabla kalawan bada / mengo

lawan thata iku / gene pepsa ideng iman//

03. //Tegese kabla punika / ules ules pangandika / tegese bada

dhawuhe / pan wus jumeneng ika / sipate pangandika / Tanana ora

kaliru / iya mah sampurna ika//

04. //Badhan ginalonan iki / anenggih patang prakara / karuhun

panarimane / kaping kalihe wawadhah / (ka)ping tigane tanpa polah /

lawan rusak duwenipun / iku jangkepe sakawan//

05. //Gagawan nyawa puniki / anenggi patang prakara / karuhun budi

ujare / angenangen ping kalihe / ping tiga eling (ing) rasa / kaping pat

urip puniku / iku jatineng gagawan//

06. //Kang limang prakara iki / gagawan saking pangeran / (ka)karuhun

pangucap mangka / kaping kalih pamiharsa / kaping tiga paningal /

kaping pat rekek pangambu / kaping lima(e) ular ular//

07. //Esih minangka mas kawin / walinipun pangandika / rasa minangka

saide / ajine sri kawin emas / kang (a)kawin nyawa ika / ijab kabulan

pangulu / (a)ngucap sadat mutasita//

Page 12: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 12

08. //sawuse sira akawin / kir nyawa kalawan badan / wus jumeneng

ing sipate / sipateng manusa ika / aran urip punika / di(na)dekaken

waked iku / jumeneng roroning tunggal//

09. //Pratingkaheng badan yayi / partingkaheng nyawa ika / polahing

urip jatine / nugrahan tukone ika / kin nyawa maring badan / samakta

pepek penuh / aningali ing kelokan//

10. //Aran roro dadi siji / tunggal polah tunggal karsa / makluk (pu)iku

jenenge / duwene patang prakara / suka kalawan duka / lara pati

duwenipun / badan nyawa anarima//

11. //Panarimane puniki / nyi badan kalih prakara / narima kapurba

reka / ping kalihe tanpa polah / nyawa kalih prakara / ngelingaken

badan niku / (ka)ping kalih weding pangeran//

12. //Ananing manusa iki / pasakarsaning pangeran / badan (pun)iku

tingkahe / iku partingkahaning nyawa / polahing nyawa iku / badan

nyawa tanpa polah//

13. //Ular ular panase iki / wasisan rinusak pisan / tegese rinusak

mangka / ora ngulati Allah / ora ngulati Yang Agung / ora ngulati

pangeran//

14. //Tegese ora ngulati / kang ngucap (pun)iku Allah / (a)pan iya Allah

mangka / kang anebut Allah ika / iku pasthine Allah / kang ningali Allah

iku / mapan iya iku Allah//

15. //Den sami ing ngawikani / aling aling (ing) ilmu rasa / kanga ran

tetep kang mangka / kathahe (e)nam perkara / karuhunipun jasad /

kaping kalih roh puniku / ping tiga tetep kang iman//

16. //Kaping pat tetep kang tokid / kaping limane maripat / amangeran

kaping neme / yen wus awas kabeh sira / during weruh jatinya / during

sampurna sireku / yen derng weruh (ing) jatinya//

17. //Yen wus awas kang kinunthi / tetep kang tan kocap ika / dening

wus weruh (ing) jatine / sampurna kawruhe ika / jumeneng amardika /

sampurna tingale wong iku / tasdik koruping tingal(an)//

18. //Pasthineng kawruh yayi / tan kakalih urip ira / tan ana pangucap

roro / pamiharsa mung sanunggal / paningal manusa nunggal / tan ana

roro pangambu / tan kakalih tikah polah//

Page 13: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 13

19. //Sampurna jumeneng (sa)tunggil / pangucap tunggal punika /

pamiharsa tunggal mangka / paningal tunggal (pun)ika / pangganda

pan satunggal / polah karsa tunggal iku / urip ira mapan tunggal//

20. //Iku kawruh kang sajati / kang sampun weruh (ing) uripnya / pan

uriping Allah mangka / iku uriping sukma / pangucape punika /

pangucaping sukma ga / Tanana wawaneh ayat//

21. //Pamiharsa nira iki / pamiharsaning Yang Sukma / lawan paningal

ira mangka / paningaling sukma mulia / pangambunira ika /

pangandaning sukma Agung / karep polahing Yang Sukma//

22. //Yayi kawruhana malih / yen wujud tigang prakara / den katemu

tetelane / karuhun ngiski punika / ping kalih ngasikka ka / (ka)pi tigane

wujud masuk / yayo den sami uninga//

23. //Tegese ngiski puniki / pangeran kang Maha Mulia / pangeraning

jagat kabeh / tegese punika iya / sipat Allah (pun)iki / partingkah (kang)

birahi iku / (a)karsa nganakaken asya//

24. //Tegese masuk puniki / iya maluming pangeran / (kang) bini

raekaken mangka / nokap gaib punika / khakehating Mukhamad / kang

jinatan rasa iku / kanyamadi ing sajagat//

25. //Iku kawruhana yayi / sipat(e) patang parkara / sipat kalam Allah

reka / kaping kalih sipat ngakal / ping tigane punika / johar roh madi

wadi lan madiku / iku jangkepe sakawan//

26. //Roh madi mani lan wadi / (pun)iku wungkul (pun)ika / annuli

binencah rook / maka dadi sipat apat / barise iku iya / jabar jer apes lan

naktu / jabar lam awal punika//

27. //Kang ajer puniku alip / iya rohkhani (pun)ika / kang aran naktu

tegese / khakhekate nabuyullah iya nabi Mukhamad / rasulullah

jenengipun / kawruh ing waktu lilima//

28. //Anebut kabla karihin / iku waktu kang kajabat / waktu surukhul

watane / sembayang kali rakangat / ing jero ing ngulesan / tegese

nenggih puniku / iya badan lawan nyawa//

29. //Kang rayi anembah aris / inggih tuwan guru amba / kang ranget

asih ngabdine / kawula tekeng sampurna / kalawan tudhuh tuwan /

amba mangke tuwan wuruk / sarta nembang rangsang prawa//

Page 14: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 14

® Pupuh 05 ®

RANGSANG PARWA

01. //Kawruhana tingkahe wong sapatemon tatane / sapatemon ora

kocap lanang wadon/sartane//

02. //Sapatemon kadya gene lanang wadon garwane / atata gonora kaya

lan jaruman yakti kapanggih semane//

03. //Jarumane iman tokhid lan maripat sarate / yen wus awas jaruman

yakti kapanggih semune//

04. //Sapatemon ora kocap lanang wadon sarate / yen kocapa lanang

wadon dereng yakin tingale//

05. //Mantep dhewek norana panggih pinanggih pastine / ingkang

ngawas pan norana pangerane idhepe//

06. //Yen ana apangeran pan dereng awas tingale / ingkang ngawas pan

norana polahe dhewek jatine//

07. //Yen ana bayange dereng sampurna tingale / esak serik tan wruhe

ing padha mangkin anane//

08. //Anggurayang pati pati titingali tan wruhe / sembayange pepekan

uwar uwaren/idhepe//

09. //Kang wus jati tan rumasa pamujine awase / pamujine agung

ginunggung dheweke sukmane//

10. //Iya iku salameting sembah puji nyatane / iya iku kang anukma ing

nguripe semune//

11. //Kang sampurna pan wus weruh cakraning gulingan lakune / laku

iman padha laku limang waktu sujude//

12. //Yen kareme sujude anukma sastrane tulise / tulis iku kirana

munggeng awake/sastrane//

13. //Sastra iku atulis manusa dadi/papane / papan iku akathah warna

warnane/sastrane//

14. //Aneng jagat anukma ingkang ngaurip jatine / jati iku anukma saka

ing ngurip adhine//

15. //Kuran iku atulis manusa adi papane / dipunawase tulis papan

kang adi/tudhuhe//

Page 15: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 15

16. //Ingkang ngawas pan orana pamujine / tungkule tungkul iku / wus

pinuji / lan pinuji enenge//

17. //Kang tan awas anggurayang salah dalil / salate kupur kapir /

antepe lan pangerane ujare//

18. //Kang wus luhung tan rumasa ing sembahe / sirnane sirna luluh /

anging sukma ingkang langgeng anane//

19. //Iya iku pujine sukma sajati / jatine nora lawan kang pinuji /

lapinuji dheweke//

20. //Awak ira angarani ingaranan / wakhide aran iku / kang anguwuh

pribane jatine//

21. //Jati nira nyatane ngulu dinulu awase / ing ngawase enting / tan

ana kekalih dheweke//

22. //Anging rasa kang sadya langgeng angurip anane / urip tunggal

pan orana malih malih/wiyose//

® Pupuh 06 ®

M I J I L

01. //Weruh(e)na sampurnaning pati / lan jatineng wadon /

sampurnaning wong agesang dene / lan sejatine wong lanang endi / lan

dununge bakti / lawan bayanipun//

02. //Lan sampurnane kang sembah puji / babarana ing ngong / yen

sisanggup ambabari kabeh / ki Seh Jabar gelem isun ugi / yen sira petha

arabi / maring tuwan sakayun//

03. //Ki Seh Jabar wecana manis / anjaluk mengkono / iya ning ngansun

babari kabeh / sampurnane sembah la(wa)n puji / gih punika yayi /

ngadam badal wujud//

04. //Dening dununge sembah mas yayi / iku den waspaos / wujud

badan ngadam wujude angger / iku lamon tinarima yayi / maring ing

yang widi / iku dunungipun//

05. //Dening badane panembah yayi / batal tegese (yang) wong /

matekaken ing panembahe / iku batale wong nembah muji / lan

paranen apti / bener apa luput//

Page 16: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 16

06. //Nyi Mutamainah aris nahuri / inggih mangsa borong / amba darmi

anarima bae / sampurnane urip (kados)pundi / babarana mami / maya

(a)tanggung//

07. //Ki Seh Jabar aris nahuri / iya rabiningong / sampurnane wong

ngaurip mengkonen / pan karaksa islame sarengi / sampurnaneng pati

/ wong maripat tuhu//

08. //Wong sumarah ing lautan yayi / wus mati kang raos / pan nabi lah

wong iku patine / Allah priye sira wus kadugi / Nyi Mutmainah angling /

kawula anuhun//

09. //Sampurnaneng lanang wadon pundi / kawula dereng wruh / Ki Seh

Jabar maka wuwuse / sajatine lanang wadon yayi / upamane paksi /

(lan) kurunganipun//

10. //Sajatine lanang (kuwi) paksi / kurungan kang wadon / roh lan

jasat (pun)ika jatine / apa bener yayi apa sisip / Nyi Mutainah angling /

aleres wong ngagung//

11. //Pundi tunggale lanang lan estri / hamba dereng w(e)ruh / sampun

tanggung babarana kabeh / Ki Seh Jabar anauri aris / manira manggih(i)

/ ujare wong ngaji nakhwu//

12. //Panunggale lanang la(wa)n estri / ing tasniyah kono / wayu

sarikani iku lapale / sakuthu karone / jalu lan estri ngendi gone nunggil

/ lanang wadonipun//

13. //Lamir tasniyah gone (sa)nunggil / padha uma karto / lamir

mudakar / uma lapale / tasnimu anas iya (sa)tunggil / tan prabeda sami

/ uma lamiripun//

14. //Tegese tasniyah roro yayi / apa lire loro / roh lan jasad punika

jatine / lanang wadon tunggal dakil karij / kharij ingkang kharij / jisim

jaba tegesipun//

15. //Jasad jaba roh ing dalem pasti / iku tunggal yang wong / lanang

wadon tunggal dakhil kharij / lah kayapa yayi / apa sira pethuk//

16. //yen ora pethuk kadi pundi / padonana ing ngong / Nyi Mutmainah

suka manahe / miharsa pitudhuh rasa (a)pekik / yata muwus aris /

kawula ayun weruh//

Page 17: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 17

17. //Pundi sirnane nyawa lan jisim / inggih weruh(e)na ing ngong / Ki

Seh Jabar aris wuwuse / ujare wong ahlul nakwu yayi / tasniyah puniki /

sirnane akumpul//

18. //Kumpule roh kalawan jisim / manawiyah kono / andheg anan

manawiyah bae / ora kena munjuk maring mangani / lah kariye yayi /

apa sira pethuk//

19. //Lapale tur pangubi lalipi / tegese mengkono / ana pon tasniyah

ing rapane / sirnane roh lawan jisim (ika) / anunggil kanga lip / basa

alip unpus//

20. //Nyi Mutmainah aris nahuri / inggih mangsa borong / pethuk pisan

tuwan kawulane / sadya mendhek anikel (pa)warti / anjum asta sarwi /

mangusapi lebu//

21. //Dhateng inggih sumangga ing kapti / langkung sukaning ngong /

jiwa amba / sakarsane angreh / (Ki) Seh Jabar suka denira angling / lah

apa den anti / dhangdhanggula ngayun//

® Pupuh 07 ®

DHANGDHANGGULA

01. //Kawruhana denira puniki / pamuruke Ki Seh Jabar (ika) / ing wukir

tembang dhepoke / amejang rabinipun / kang ingaran Nyi Mutmainah /

langkung denira utama / pan wus manjing guru / wau dhateng Ki Seh

Jabar / pamuruke wau dhateng ingkang rayi / amurukaken tekad//

02. //Sapa ingkang padya ing ngabakti / maring Allah / poma

kawruhana / sakehe wuru kiye / yen ngarepaken waktu / apikira sira ing

ngati / den temen piker ira / wasuhen atimu / den wedi sira ing Allah /

den rumasa / akeh doraka ing widi / den akeh tobat ira//

03. //Den akeh (akeh) tobat maring yang widi / den temen temen

patobat ira / den asrah sanget wedine / den rumasa sireku / lamon sira

wekasan pati / den akeh eling ira / maring yang (kang) agung / lawan

sira den rumasa / lamon sira / ginawe dening yang widi / kang murba

amisesa//

04. //Tegsese ana nira yayi / den anakaken dening (ing) yang sukma /

lawan urip ira kiye / den uripaken niku / lan pangucap ira puniki / pan

iya saking Allah / paningal puniku / iya padha saking Allah / pamiharsa

/ pan tunggal saking yang widi / lan pangawikan nira//

Page 18: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 18

05. //Pangawika nira punika / saking yang widi lan pangawasan (nira) /

(pun)ika saking Allah kabeh / lan karep ira iku / iya kabeh saking yang

widi / tegese sira uga / tingkah polah iku / tingkah polah iku / iya iku

saking Allah / ora pisan pisan / awak ira yen duweya osik / tang duwe

tingkah polah//

06. //(iku) Ora pisan pisan yayi / yen duweya tingkah lawan polah /

saking Allah pinangkane / ana nira puniku / sasat ora ana puniki / lir

karya wewayangan / ana nira iku / satemen temene sira / yen den

osikaken sira (pun)iki / datan molah priyangga//

07. //Yen den enengaken sira yayi / ora duwe tingkah lawan polah / iya

sira meneng bae / ana nira puniku / (den) anakaken dening yang widi /

yektine nuli ana / yen maring yang agung / yen den ilangaken ilang /

satemene ana nira mangka yayi / puniku wuwujudan//

08. //Satemene ana nira yayi / upamane kadi wawayangan / ana ithok

ithok bae / ana nira puniku / kadi ringgit wonten ing kelir / satingkah

polah ira / pan saking yang agung / saosike ati nira saking Allah / kang

ngosikaken ing dhiri / (lan) sakarenteging manah//

09. //Osik ira karenteging ati / saking Allah lawan urip ira / iya saking

Allah kabeh / awas ira puniku / dudu awas ir apribadi / pan iya saking

Allah ./ karep ira dhewek / iya iku pan tunggal saking yang widi / poma

sira denawas//

10. //Pamiharsa nira mangka yayi / mapan dudu pamiharsa nira / iya

saking Allah kabeh / dening khakekatipun / sira iki tan anduweni / ing

sadra khakekatipun / oduwe pisan pisan / tarimanen / iya wuruk isun

yayi / den temen piker ira//

11. //Yen sira (u)wis piker ing ati / lamon uwis kagem ing wardaya /

nulis ira age age / amet tatanya wulu / aniyata sembayang yayi / yen

arep ngangkat salat / angadeg sireku / iku ira den rumasa / ana nira /

dudu ana nira pribadi / puniku saking Allah//

12. //Aja ngrasa duwe jisim / aja ngrasa yayi duwe gesang / aja ngrasa

aduduwe / karentege atimu / obah ira ingkang lahir / iku arsaning Allah

/ lawan malihipun / wujud ira urip ira / (i)ya iku dudu urip ira pribadi /

iku uriping Allah//

13. //Satemene ora ana kang urip / anging Allah ora ana kang ana / iya

among Allah dhewek / ana nira puniku / satemene Adam khakiki / kaya

Page 19: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 19

lagi duk nora / ing gaibul guyub / pomata sira den awas / ana nira /

kaya mangke du king nguni / aja sira kasamaran//

14. //Satemene ana nira yayi / ora wujud iku pisan pisan / arah dening

khakekate / anging Allah kang wujud / anging Allah mangke kang urip /

among Allah kang amiharsa / paningal puniku / mung Allah kang

angandika / anging Allah / kang karsa kang angwruhi / mu Allah kang

kuwasa//

15. //Lamon sira amaca usalli / tekad ira jrone ati nira / ora ana wujud

liya(ne) / among Allah kang wujud / among Allah mangke kang urip /

kang duwe tingkah polah / mung Allah kang luhur / ana dene awak ira /

tarimanen punika ngadam khakiki / tan ana wujud ira//

16. //Lan maning ngesa jrone usalli / aniyata yen sira sembayang /

niyata j(e)ro atine / parlu tegese parlu / luhur ngasar magrib lan ngisa /

subuh punika / niyataken waktu / den weruh parlu la(wa)n sunah /

dipun weruh / esah lawan batale puniki / aja koru ping niyah//

17. //Yen angucap arta rakangatin / kawruh ana kehe kang rankangat /

waktu kang siji sijine / poma aja kaliru / den tetela sawiji wiji / lan yen

maca adahan / kawruh ana iku / niyate (ing) ati nira / padha mengko /

yen amaca imaman (ingkang) singgih / niyata dadi imam//

18. //Tet kalane angucap lillahi / tang Allah (pu)iku krana Allah /

k(a)rasa rasul niyate / kalawan malihipun / lamon sira mangke abakir /

sirna kena mangka den kebat / asya jagat iku / apa dening badan nira /

sirna kena / tetepena jroning ati / aja sira ngrasa ana//

19. //Aja esak sira aja sirik / (tarimanen) tarimanen sakehe kang

mojudat / iku ngadam sarap kabeh / among Allah kanga gung / among

Allah (ing)kang angurip / kang murba amisesa ing sakabeh iku / ajana

kang katingalan / among Allah kang salat ingkang atakbir / angucap

Allahu akbar//

20. //Kang angucap Allah kang atakbir / data nana tingkahing kawula /

iya among Allah bae / wong dening makhluk iku / sirna gempur kang

ngadam sarpin / tan ana mantra nira / ara mambu wujud / ora ana

pisan pisan / anging Allah kang salat ikang atakbir//

21. //Kang anebut asmane pribadi / angrawruhi maring dhewek ira /

nembah muji ing dheweke / tan ana liyanipun / ingkang ora (ana)

kakalih / kang esah ing dat ira / esah sipatipun / lan sah ing apngal ira /

Page 20: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 20

anging Allah / tan ana w(ju)d kekalih / tunggal tunggal tunggal

(tunggula)//

22. //Sampurnaning takbir (kang) khakiki / data nana tingali ningalan /

anane among (a)dhewek / tegese makhluk iku / sirna nglabur ngadam

khakiki / kaya lagi duk nora / ingga lagi duk guyub / sira jagaman

gamma / pan ing mangka / kaya lagi du king nguni / poma sira den

awas//

23. //Dipen mantep ana nira yayi / aja mangmang / mangmang ati nira

/ mapan tan ana liyane / (ing)kang takbir puniku / datan liyan saking

yang widi / dat sipat ing kawula / sampun sirna gempur / ingkang

amaca patekah / ingkang rukuh / asujud ingkang alinggih / tan liyan

saking Allah//

24. //Oranana wujud liyan maning maning / anging Allah kang molah

atingkah / (ing)kang amuji ing dhewek / ngawruh ing dhirinipun / kang

amuji pinuji nganggil / tan ana liyan nira / mung Allah kang wujud / tan

ana kang liyan liyan / anging Allah kang ana wu(ju)d khakiki / (da)tan

ana mamadha//

25. //Data nana wujud malih malih / among Allah anebut asalat /

anebut asmane dhewek / kang pinuji puniku / mapan muji (ing) dhiri

nireki / nembah pinembah tunggal / tan liyan yang ngagung / kang

anembah iku sukma / kang sinembah puniku tunggal yang widi /

(da)tan ana liya nira//

26. //(ing)Kang takyat awal lawan akhir / datan liyan saking yang maha

mulia / kang salam punpa dene / tan liyan saking yang (a)gung / kang

akarya bumi lan langit / kang amurba amisesa ing sakabeh iku / ana

dene awak ira / ora pisan yen duwe ya osik / wujud silage ora//

27. //Yen wus salam awak ira yayi / den rumasa sira kawula / anglakoni

parentahe / parentahing yang ngagung / ingkang kinon kang den cegah

winegah / ing parentahipun / nuli sira nenedha amaring Allah / den

temen sira awedi / nedhaa pangapura//

28. //Den temen sira ing widi / muga Allah mangke ngapuraha /

sasakehe dosamu kabeh / den rumasa sira iku / lamon sira dosa kang

widi / den akeh tabat ira / maring ing yang ngagung / sakehe panedha

nira / nenedha maring yang kang maha tinggih / sawuse bada

(sa)salat//

Page 21: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 21

29. //Wong (kang) nenedha maring yang widi / lamon nora anglampahi

salat / ora (u)sah panedhane / sidhekaha ping sewu / lamon nora

ngabekti / iku tan katarima / maring ing yang ngagung / Seh Jabar

mangke wecana / iya yayi (ing)sun wuruk ngabekti / sun kingdungeken

salaksa//

® Pupuh 08 ®

KIDUNG SALAKSA

01. //Allah iku adheppen kalawan khulur / Allah iku pujinen lawan

birahi / Allah iku sembahen kalawan suci//

02. //Kawruh ana patitising sembah puji / sembah iku den bener ing

pernah ira / sembah iku aja mangmang ing ngalira//

03. //Puji nira den kawayang kang sinebut / den kasebut asmane lan

masamane / asma iku minangka ugering tingal//

04. //Asma iku minangka warganing tingal / tingal iku den awas ing

margane / mapan kapir dadi sasar jeneg ira//

05. //Yen wus awas tingale maring Yang widi / mapan iku olih

jenenging wali mumin / yen wus olih sapangate nabi nabi//

06. //Mapan dadi sampurnan ing jenengira / badan nira bebalung ngiri

/ roh ira pan tan driya sampurna ing jenegira//

07. ///Asma iku den kabuwang den kapupu / den atinggal ing asma

mapan munapek / yen tetepa ing asma / iku pan kupur//

08. //Akhadiyat khayate kalawan khayun / jisim ira uripe lawan

pangeran//

09. //Wakdhat iku ngilmune lawan ngalimun / ati nira ngawruhi lawan

Allah//

10. //Wakhidiyat ing date lawan muridun / napsu nira karepe

kalawanAllah//

11. //Alamarwah kudrate lawan kadirun / anggaotan ira mosik meneng

lawan rasul//

12. //Ngalam missal samane lawan samingun / kuping ira miharsa

kalawan rasul//

Page 22: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 22

13. //Ngalam ajesam besare lawan basirun / netra nira ningali kalawan

rasul//

14. //Ngalam insane kamil kalame mutakalimun / lathinira angucap

kalawan rasul//

15. //Mpan iku sampurna ing laku nira / yen wus awas apa kang den

ucap malih / eling eling den pakeling / kawruhana yen atakbir / den

awas ing khurup ira / khurup iku wowolun kathah ireki / aksara alif lam

awal kalawan tasjid//

16. //Khurup ehe alip akhir kap ebe / genep ira wowolu pan kurup re /

Nyi Mutmainah / anembah wus api pada / Ki Seh Jabar ngandika maring

kang rayi / iku yayi sun kanthi ngakerat//

® Pupuh 09 ®

K I N A N T H I

01. //Nyi Mutmainah amatur / maring kang raka ririh / sampeyan guru

kawula / tuwan padhangena gusti / prantane wong (kang) (a)salat /

lawan kakatipun malih//

02. //Sampurna akate (i)sun / Seh Jabar ngandika aris / pranteneng

salat (pun)ika / limang prakara kathah neki / (a)pan sajatineng polah /

angadeg lan lungguh nenggih//

03. //Arukuh kalawan sujud / aniyat sampurna iki / kang rayi aris

ngandika / sajatine niyat pundi / Seh Jabar mangke ngandika / kang ana

langgeng ing pasti//

04. //Siti Mutmainah (u)matur / tegese ngadeg punapa / Seh Jabar

mangke ngandika / angadeg asaleng api / dudu api kenang pejah / pan

dudu api kinardi//

05. //Dudu api saking watu / dede geni saking bumi / pan dudu geni

neraka / dudu geni owah gingsir / pan dudu geni mujijat / sejati(ne)

aksara alip//

06. //Iya alip tegesipun / urip (da)tang kenang pati / mapan sajatineng

cahya / amadhangi ing jasmani / iku (ing) aranan sirullah / iku yayi

wuruk mami//

07. //Kang rayi anembah matur / sarwi mekul pada kalih / inggih tuwan

guru hamba / wonten atur hamba malih / asale rukuk punapa / Seh

Jabar wuwuse aris//

Page 23: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 23

08. //Yayi pamiharsanipun / arukuh asaleng angin / lam awal asale ika /

Jabarai nure iki / ingkang rukuk lam awal ika / puniku dadine angin//

09. //Dudu angin barat lisus / dudu angin owah gingsir / dudu angin

kenang pejah / dudu angin angatisi / dudu angin (ing) mujijat / dudu

angin saking ukir//

10. //Dudu angin angruhaken kayu / iku sajatining angin / mosik ora

kandheg sanalika / siyang dalu lumampah nenggih / yen rusak jagat

nenggih//

11. //Kang amuji siyang dalu / angin kang sampurna iki / lir toya mili

kang lampah / sajatine angin neki / iya iku angin napas / kang misesa

maring jisim//

12. //Tatalineng urip (pun)iku / kathahe patang prakawis / ingkang

karihin (a)napas / tanapas ping kalih neki / kaping tigane anapas /

sekawan pupus sireki//

13. //Kang aneng ketetg iku / napas kang medaling kuping / kang

medal ngirung tanapas / napas miyos cangkem nenggih / anapas

akuning warnanya / kanga bang tanapas iki//

14. //Kang putih iku pupus / ingkang ijo napas nenggih / pujineng

napas punika / inahurabna (pun)iki / ilallah pujineng (a)napas /

pujineng tanapas iki//

15. //Lailahaillallah iku / pujineng napas iki / anenggih yahu Allah /

sampurna kayapa (sira) yayi / iku pamanggih manira / Nyi Mutmainah

ature inggih//

16. //Sampun tanggung awakipun / tuwan babarana malih / asale sujud

punapa / Seh Jabar ngadika aris / iku pamanggih manira / kang sujud

asaleng wari//

17. //Dudu toya asat agung / dudu toya (kang) kinardi / pan dede toya

samara / dudu toya manis pait / pan dudu toya mujijat / miwah toya

owah gingsir//

18. //Dede banyu keneng surud / sajtine toya nenggih / lam akir nuru

bubiyah / iya nyawa jati neki / siyang dalu ora samar / saking nurullah

madhangi//

19. // Sejatine wari iku / aneng patang prakawis / banyu wadi kang

karuhun (ika) / maningkem sakawan neki//

Page 24: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 24

20. //Paran karsa nira iku / Mutmainah awot sari / inggih nedha wejang

tuwan / kadi pundi ingkang inggih / Seh Jabar mangke ngandika /

alinggih asaleng bumi//

21. //Dudu bumi pulo gunung / dudu bumi owah gingsir / dudu wadhas

karakal / dudu bumi nglebu wedhi / pan dudu mimujijat / dudu bumi

putih kuning//

22. //Dudu bumi bata watu / dede guwa curang wurig / sajatine bumi

ika / jisim nakirah aran nenggih / saking sepi epi nang kanya / nyawa

sukma iku yayi//

23. //Jatine bumi (kang) luhung / kang lamon neraka lan swargi / yayi

pan karsa nira / (pun)iku pamanggih mami / kang rayi matura nembah /

anedha kawula gusti//

24. //Kawula estu aguru / maring tuwan isun gusti / andika kang

madhangana / pundi asihe estu alaki / andika kang tudhuh marga /

sarta nembang layon keli//

® Pupuh 10 ®

YON KELI

01. //Yayi muradipun malih / sejatine api ika / iya roh ilapi mangka /

ratuneng nyawa sadaya / wenang aran datullah / langgeng

pamisesanipun / iku kersandhaning Allah//

02. //Yayi sajatineng angin / rokhani ingangked taya / kang mimbuhi

kahanane / kang pinung rasa surasa / wenang aran sirullah / kahanane

asung wibuh / trasandane rasulullah//

03. //Yayi sajatineng wari / roh rabani (pun)ika / kanga gung purbane

reko / rasa kang luwih sampurna / cahya ingkang apadhang / cahya

(kang) purba nugrahan agung / wenang (kang) aran datullah//

04. //Yayi sajatineng bumi / iya roh jasmani ika / mapan kawi tuwan

mangka / kalbu mumin bae tullah / kang tan pegat elingnya / kawisesa

maring yahu / wenang (kang) aran wudullah//

05. //Murade kang asal lapsi / uripe (pu)iku sadaya / ingkang angin iku

mangka / uripe napas kewala / kang asal toya ika / uripe pan dalu /

langgeng ing paningal ira//

Page 25: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 25

06. //Murade kang asal bumi / pasthi uripipun rasa / lan murade malih

mako / asal api punika / he hidayatullah / lir komala cahyanipun /

medal ati putih ika//

07. //Kang tetep tingali reki / kang asal angin punika / masum imane

mangka / warnane limarcu ika / kadi wulan purnama / metu saking ati

danu/ punika dipun waspada//

08. //Ingkang asal wari yayi / pasthi makbul imane ika / ing ngati puad

margane / ijo warnane punika / kanga salami ika / imane rekeh puniku

/ sadrah (pun)iku aranya//

09. //Ya endah warnane singgih / lir dammar kurungan toya / ing ngati

putih asale / murade api punika / langgeng tan kena owah / cahyane

urip puniku / iya yayi lautan//

10. //Murade kang asal angin / iya madhep ing sarullah / kadi lintang

ing cahyane / gumilang gilang apdhang / kadi sasi purnama / murade

kang asal banyu / madhep maring rasa mulia//

12. //Datan kena owah gingsir / kang caya kadi purnama / ingkang asal

api mangka / angaturaken caya / nur mani ingkang nama / kang asal

banyu puniku / burhan kang katur (pun)ika//

13. //Murade kang asal bumi / roh rahmani kang atur ika / wus tekeng

sang nata mangka / pangeraning wong sajagat / iku pamanggih ing

wang / kang garwa nyungkemi suku / asruh denira karuna//

® Pupuh 11 ®

ASMARADHANA

01. //Dhuh laki nisun gusti / pangeran dunya akerat / kang estu asrih

ngabdine / among tuwan guru amba / apa kang sun walesena / dating

sampeyan pukulun / ngabdine tekeng (kang) sampurna//

02. //Kapundhi ingasta kali / katantebna ing rema / gumarit

werdayaning ngong / wuruk sampeyan kakang / kalangkung Katarina /

Seh Jabar mangke amuwus / yayi midela karuna//

03. //Ana muradipun malih / anenggih patang prakara / wujude kanga

pi ing reko / ingkang dhingin dadi rupa / lawan jajantung ika / dadi

utek kaping telu / kaping sakawane dat//

Page 26: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 26

04. //Anenggih wujuding angin / limang prakara wujudnya / asma lan

apngal mangkong / jinem (ka)lawan lilimsa / anenggih kaping lima / iya

ingaranan paru / punika dununging sukma//

05. //Anenggih wujuding wari / patang parka wu(ju)dnya / getih

sungsum lawan otot / karinget lan pancadriya / ati lawan wisesa / iya

atipu wadiku / dununge rasa sakawan//

06. //Anenggih wujude malih / (pun)iku patang prakara / kang bumi iku

wujude / kahanan kalawan sipat / daging babalung iku / ingkang karep

maring kabalt//

07. //Dhadha tinapi gagir / tangan lawan pupu nira / lambung kiwa lan

tengene / irung lawan kuping ira / cangkem kalawan sirah / sakehe

kang kena lebur / iya iku aran kahanan//

08. //Aworing tekad puniki / sedating galling polah / takbir usali

namane / kawruh ana denira / tan weruh pagurokenan / ing salate wong

(kang) luhung / datan kena tiniruwa//

09. //Aja ningali kang wajib / lampahana kang rumaksa / waktu lilima

kathahe / iku panggawening sukma / nyatane Rasulullah / iya salat

limang waktu / iku laku kang siniyan//

10. //Kasrah nabi sinemir / mulane kinen asalat / anglairakan muliane /

pepek anggaotan nira / saking waktu lilima / miharsa l(aw)an pandulu /

waktu luhur gene nyata//

11. //Patang rakangat puniki / pamiharsa rong prakara / kalawan

paningal mangkong / anenggih kang waktu ngasar / patang rakangat

ika / gigir lawan dhawa iku / lambung tengen lawan kiwa//

12. //Anenggih (wa)waktu magrib / tigang rakangat salat(e) / ing

nabidulah tandhane / grana kalih lawan muka / waktu ngisa punika

sakawan rakangatipun / anenggih pupulan asta//

13. //Ing sarira Nabisinggih / waktu subuh rong rakangat / punika

kanyataan / roh kalawan jasad / mulane asembayang / waktu lilima

puniku / pepek aneng sarira//

14. //Nyatane Nabi kakasih / salat limang waktu ika / pan rumaksa ing

ngumate / kang anukma ing sarengat / madhep ing Yang tan pegat /

anglampahi limang waktu / iya lampah (ing)kang mulia//

Page 27: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 27

15. //Kang ray amuwus aris / ataken dhateng ing priya / andika rabi

maring (ing) ngong / kawula kinarya paran / lan ing ngaku punapa / yen

patemon lawan isun / ing pundi yen kapanggiya//

16. //Lamon andika kapanggih / punapa andika aras / punapa dinulu

mangka / andika cekel punapa / kawula dika wejang / kiyai panutan

isun / inggih tuwan guru hamba//

17. //Seh Jabar (a)muwus aris / (ing)kang sunakua nira / asihe suncekel

mangka / date sun tingali ika / lan sipat (ing)kang mulia / sukmane sun

aras iku / kapanggih ing rakmatulah//

18. //Isun gawe sira singgih / kanyataan rasa mulia / isun lawan sira

mangka / wedalan pasiyanulah / punapa karsa nira / punika pamanggih

ingsun / (pun)iku jatine karma//

19. //Kang rayai (u)matur malih / wonten kari atur ingwang / sampun

salah tampa mangka / kawula Tanya andika / tuhu estu ing tuwan / wus

asare lawan isun / mulane andika siram//

20. //Punapa kawula najis / atawa makruh lan mubah / punapa

khukume mangka / manira parlu dinupsan / mapan (a)wujud tunggal /

alumuh manira iku / asare kalawan tuwan//

21. //Lan paran jinabat singgih / pira kehe mukaranah / pira ta kathahe

mangka ingkang aran tukaranah / kiyai dika wejang / kadi pundi

tingkahipun / Seh Jabar mangke ingucap//

22. //Krana isun adus yayi / ngestokaken turning johar / kang

ingaranan johar mangka / banyu urip pinangkanya / tiba ing bumi

rakmat / ing kiten roro puniku / mulane parlu dinusan//

23. //Kang milu dinusan singgih / sipatulah ingkang mulia / kalawan

edate mangka / lan sipating prakara / kalawan wujud tunggal / nora ana

liyanipun / ningyung jati (a)wisesa//

24. //Kang rayi asruh anangis / adhuh guru amba tuwan / sarwi guru

amba tuwan / sarwi (a)nungkemi padane / among lakiku pangeran /

ingkang asung sawarga / sampeyan karma rong puluh / kawula dadi

pawongan//

25. //Pinembut wau kang rayi / kang nama Nyai Mutmainah / Seh Jabar

lingnya (a)lon / among sira rabi ningwang / tekeng dunya akerat / den

tan bakti maring isun / Allah megataken rakmat//

Page 28: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 28

® Pupuh 12 ®

M E G A T R U H

01. //Ki Seh Jabar garjita denira muwus / guru ningsun yayi / (a)muruk

mangke maring isun / den seru tanget ireki / angawula yang manon//

02. //Amangun kal siyang latri (pun)iku / aja pegat murakabah (iki) /

maring pangeran kanga gung / anyirnakaken ing sirik / kang abarsa

roro mangka//

03. //Kang abang saroro den uculi iku / cengeng madheping (kang)

tunggil / kang nora roro (pun)iku / dat sipat mani (si)reki / apngal

jumeneng mangka//

04. //Miwah panglipt ira inf asya iku / lir angganing karta iki / (ka)lawan

puputihipun / tan ana ing jro ing jawi / datan kena ngucap karo//

05. //Datan kena ing ngucap kakalih iku / tunggal tunggal (da)tan

tunggil / (rasa)ning wong kang sampun rawuh / tingale wong tekeng jati

/ den tingali kabeh mangka//

06. //Den tingali sakehe mojudat iku / den tingali pangeran neki /

sakehe suwara kang karungu / kang mona moni (pun)iki / anudhuhaken

(ing) yang manon//

07. //Pujining yang anebut maring yang agung / (a)nebuting dhewek

ireki / anyatakaken asmanipun / lamon nama Allah iki / sampurna

maripat kang wong//

08. //Sampurnaning mripat kakiki aku / iku ora aningali / iya maring

dhewekipun / kanga ran liyan (pun)iki / sirna lebur adam tinon//

09. //Adam kakiki kaya lagi duk ora (iku) / ing gaibul guyub iki / aja

kasamaran iku / pan ing mangka (pun)iku / kaya lagi kuna kang wong//

10. //Awas ira kawruh ana malih iku / dudu awas ira pribadi / saking

arah khaketipun / dening abaran neki / ling miyangga warmin mangka//

11. //Paningaling miyangga maring sakibipun / tuhu kinarya wangsulan

(iki) / (a)nyatakaken asmanipun / (a)nglairaken sipat neki / kinarya

kalakuwan yang manon//

12. //Kalakuwan lahir batin (pun)iku / aja nyana sira iki / (ka)lawan

kahananipun / sadrah asya (da)tan sepi / saking tajalining yang

manon//

Page 29: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 29

13. //Allah kang ngalah wisesa sang purba agung / poma tingalana iki /

dipunawas ira iku / aja sira ora ningali / sampurna tingale punang

wong//

14. //Sapa arep weruh(a) ing sajati iku / kawruhana sarira neki / kanga

ran awak (pun)iku / dudu johar lawan jisim / pan kakekatepun

ningwang//

15. //Mapan kakekat ika / kang tetep ana ing ngilmu / (ing)kanga ran

ayan sabit / maluming pangeran iku / puniku kadim tabingi / langgeng

tan rusak punang wong//

16. //Ana nira ing mangke sira den weruh / aja nyana sira iki / salaya

lan kakekatipun / kang tetepana ing ngilmi / kang aran malum yang

manon//

17. //Malum kakiki kalairan sipat yang ngagung / kanga ran jalalan

tamil / egoning lair nama iku / lair ing isim ngalami / aja kasamaran

kang wong//

18. //Sapa (kang) weruh wirasaning urip iku / satuhune kanga ran

mumin / jenenge wong iku / kawruh ana den sayakti / jejuluk pangeran

kanga gung / kang wajibul wujud ika / asipat kadim baka iku /

langgeng sinom maijo//

® Pupuh 13 ®

S I N O M

01. //Lan malih kawula Tanya / anembang sinom pangrawit / amba

nedha barkah tuwan / pundi roh ing salat nenggih / lawan tegese malih

/ napsu neng salat puniku / pundi ngilmuning salat / lawanipun Tanya

malih / kaya paran kanga ran jasading salat//

02. //Lan malih isun atanya / kuripaning salat singgih / (men)apa

badaning salat / sukuning salat (a)nenggih / lan atanya malih / astaning

salat puniku / apa sira eng salat / kawula atanya malih / kaya paran

bebalung suteking salat //

03. //Mangke padhangena tuwan / aja kaliru ing tangwal / amiyat

napsuning salat / roh ing salat atakbir / ana coreke malih /

sampurnaning takbir iku / atudhuh maring nala / kang angucapaken

nenggih / angging tuwan (ing)kang maha luhur sampun//

04. //Dene ingkang aran niyat anenguhaken ning ngati / madhep

maring arah ira / lan madhep ing wujud dakim / lan sipat kita iki /

Page 30: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 30

madhep maring ing yang ngagung / kalawan pingil kita / madhep ing

pingil kakiki//

05. //Ngilmuning salat punika / nyataaken awal akir / anapon sirah ing

salat / amaca patekah singgih / anenggih rukuk (pu)iki / bebalunging

salat iku / lungguh jasading salat / kuripaning salat singgih / iya iku

asujud kali perkara//

06. //Anapon badaneng salat / amaca takyat kang akir / anapon suku

neng salat aweh salam kaping kalih / uteking salat singgih / nenggih

astaning salat / amaca puji lan wirid / sampun jangkep kabeh sawelas

parkara//

07. //Anapon maca patekah / atuduh ing wujud singgih / sampurnaha

ing manusa / tegese ruku (kang) singgih / iku aselang angin /

(a)ngilangaken ka king wujud / yane sujud punika / aja sira aningali /

sakathahe labet (ing)kang bangsa riyah//

08. //Kaol pandhita stengah / salat limang waktu singgih / lapan nabine

lilima / iku ingkang anderbeni / caya nira aputih / punika salat subuh /

batas Nabi Adam ika / iku ingkang andarbeni / waktu subuh iya iku

wijiling rasa//

09. //Waktu luhur kang kawarna / atas Nabi Ibrahim / akuning cayane

ika / wijiling caya awarni / kang waktu ngasar nenggih / atas Nabi

Yunus / iya ijo caya nira / Nabi Yunung kang darbeni / iya iku wijiling

napas sadaya//

10. //(ing)Kang waktu magrib ika / atas Nabi Musa iki / cayane dadu

punika / wijiling caya awarni / salat ngisa kawarni / atas Nabi Ngisa iku

/ iya abang caya nira / Nabi Ngisa kang darbeni / iya iku wijiling badan

lan sipat//

11. //Yayi paran karsa nira / (pu)iku manira manggih / umatur Nyai

Mutmainah / nyungkemi padaning laki / anging tuwan puniki /

pangeran isun kang tuhu / tekeng dunya akerat / mojar Seh Jabar yayi /

isun wejang anembang nglanglangi nala//

® Pupuh 14 ®

NGLANGLANGI NALA

01. //Sakehe urip puniki / kawruhana mulanira / mulane kang ngilmu

reko / endi ta pinangkanira / sembahira duk nora / den awas sira ing

surup / kang ngilmu pagurokena//

Page 31: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 31

02. //Kang ngilmu mulane dadi / pundi ngilmu punika / dudu nyawa

sukma mangka / pan dudu urip ira / iku lah takokkena / den awas sira

ing ngilmu / (ing)kang ingaranan sahadat//

03. //Pagurokena den yakti / lagi sira tanpa bapa / miwah tanpa

babureko / sing ngendi pinangkanira / duk lagi ora ana / lawan nglapas

ing pangawruh / iku ingaranan sahadat//

04. //Miwah ugi nira uning / den nyata pagurokena / tan beda iku

surupe / waktu mulanira ika / awasena den nyata / punika pangawruh

ingsun / pamuruk(ing) sukma ring sira//

05. //Iku gaib ingkang singgih / ujar (pun)iku linarang bapa anak isun

reko / iku yayi dipunawas / pan gaibing pandhita / tan kena winakrang

kalbu / tampanira dipunwikan//

06. //Aja sira milang jisim / aja katungkul ing sastra / miwah sipating

Yang reko / aja sira angucap / iman tokid maripat / iku pan katungkul

angung / aja tungkuling dat sipat//

07. //Lagi sira tanpa jisim / den awas sira tumingal / nyatakena padha

mengko / (pun)iku prapta manggesang / sampurnanen kasidan / kang

singaran jasad iku / pagurokena den awas//

08. //Iku gaib ingkang singgih / yayi den awas ing pejah / bilih tekeng

urip reko / kaping kalih dipunnyata / poma pagurokena / jatining

awasing ngingilmu / ingaranan sadat sakarat//

09. //Iku den weruh sira yayi / ulihena tingal ira / du kana (ing) dalem

kalbune / ingwang atuwanira punika / pujinira ing manah / ingaranan

sadat sireku / tanpa sandhang pangan nira//

10. //Endi delanira uni / duk tumraping wong atuwa / sapa rong

wongira reka / endi sembah pujinira / lawan sampurnaning kawruh / iku

sadatira pejah//

11. //Pagurokena den yakti / sasmitaning anurat / kanga ran dadalan

reko / duk tumrap ingwang ngatuwa / duk dereng tumrap ika / kang

ingaken duluripun / ing ngendi duk during ana//

12. //Yogya kawruhana yayi / pan sira duk during ana / ingaranan

dadalan reko / sasmitaning kang anurat / yogya pagurokena / sasmita

puniku laku / ingaranan isining sahadat//

Page 32: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 32

13. //Punika ingaranan isi / sayogya(ne) kawruhana / napsu gaib

ingarane / den awas aja pepeksa / sasmita kang utama / yen sampun

awas puniku / sapolahe dadi salat//

14. //Yen awas ing tudhuh singgih / pan sakehe iku salat / miwah sadat

sakarate / nora uninga sembayang / sira duk lagi nora / den awas sira

ing surup / mulia duk tanpa bapa//

15. //Singgihena marga sirik / edohena (ing) marga sasar / tudhuhena

marga reka / den awas ing paran nira / sira duk lagi nora / sapa

(ing)kang sira dulu / duk during badan lan nyawa//

16. //Iku gaib ingkang singgih / yayi den awas ing pejah / pilih tekeng

urip reko / kaping kalih dipun nyata / poma pagurokena / Siti

Mutmainah (a)matur / sasambat eku dhangdhangan//

® Pupuh 15 ®

DHANGDHANGGULA

01. //Ki Seh Jabar mangke wuwus aris / tarimanen yayi wuruk ingwang /

maring sira iku mangke / aja ing ngrasa luhung / aja ngrasa bisa sakalir

/ aja ta ujub riya / s(um)uwah sira iku / aja kibir aja riya / drengki jail /

aja kaduk sabdaneki / aja paksa bumisa//

02. //Aja lali ingkang sampun singgih / aja suwung aja ambubungah /

puputan sira mangke / duk cipta nira iku / aja kadariyah sira iki / aja

kabajariyah / aja kaduk iku / aja mbrasta ing ling tuwan / aja samar /

yen sira reketan yakti / tan tulus adhepira//

03. //Ki Seh Jabar angandika aris / miwah ingsun dewata ing tilam /

inten ing sawargi mangke / sadalu ora turu / rabi nira den wawarahi /

pratingkang ing ngagesang//

04. //Bayanipun angrawuhi dhiri / sayaktine akeh wong kasasar /

dening akeh rencunane / aja kaya sireku / sira malih ta yayi mami /

dening dereng tumingal / jatineng kawruh / prayoga atatakona / aari

ningsun / ing tingal kang nyata iki / iku den tekokena//

05. //Prandene anang j(e)roh sawargi / pan kagodha dening belis lanat /

wong luhung akeh godhane / (ing)kang kaya sireku / sira malih ta yayi

mari / dening derng atanya / jatineng kawruh / prayoga atatakona /

ariningsun / (ing) tingal kang nyata ing dhiri / iku pagurokena//

06. //Nyi Mutmainah anuhun aris / singgih nuhun pangandika tuwan /

muga mulasena asihe / saking bodho katengsun / sapa sinten ingkang

Page 33: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 33

madhangi / yen boten karsa tuwan / atulung margayu / Ki Seh Jabar

angucap / pirang bara yen nansih ing Yang Widi / atulung maring sira//

07. //Pitutur ingsun ing sira yayi / lamon bejang / yayi asun pejah /

andika den pened mangke / (a)krama antuk wong agung / ing wong

luhung pandhita lami / andika ngabaktiya ing kakung / (pun)ika ana

sambrana / ing pakone / iku yayi den astiti / aja langgane karsa//

08. //Aja watek sira andhingini / kang karsane babu laki nira / tuten

saparentahe / bab ing najis asu / den ekon sira bukti / annuli lampah

ana / iku parentah (ing) kakung / iku angger ora karam / sapa kang

wong pawestri anuting laki / ngalammat manjing s(a)warga//

09. //Lamon sira asare lan laki / aja wani rayi tunggal bantal / den

(ka)ping sor enggene sare / aja kaping dhuwur / aja padha genira

muling / yen ora mawi karsa / iku dosa (a)gung / balik yen wus

sawombana / laki nira sungana bukti / poma den kalampahan//

10. //Aja mawas wedanan neng laki / kenang dosa / babu ariningwang /

den wedi gumati angger / sakawan parlu nisun / wong alaki tadi pun

eling / abersih ana / sinjang kelambi lan kampuh / (ka)lawan gene

sembayang / den karaksa / lan pernahe ta (a)guling / kelawan yen

adhahar//

11. //Ambeg ira / nyawa den aresik / sega jangan ira (yayi) dipunpelag /

pinggan pirange kabeh / kumbahen lawan banyu / ulam rada pun aresik

/ sadayanipun pelag / rakiten den bagus / nadyan tan ngangge ya ulam

/ den apura yen rakit ira abecik / iku wuruk manira//

12. //Poma iku wuruk mami / wuruk kena ing atmaja nira / sakehe

(kang) wuruk iya / aja pepek(a) sireku / den astiti (a)ngawula Nini /

lamon aduwe kaya / den yatna sireku / aja sira sumembrana / (ing)

kayane lamon tinakonan ing laki / aja maringaken wong lanang//

13. //Lan raksanen wiwiranging laki / lamon sira adhedhayoan / ing

sanak lan persanake / den becik sabdinipun / ulatira dipunaris /

akengken rewngira / poma aja rengu / aja sira paendhalan / im bature

akonen lan sabda manis//

14. //Poma poma sira Nini / lamon laki nira dhedhaharan / ajao doh

sing pernahe / jagong ngasandhingipun / aja kesah karsa pribadi / yen

maksih dhadhaharan / yen ora ing ngutus / mapan tilari ing priya kang

maksih bukti//

Page 34: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 34

15.//ana maning waktas isun iki / lamon kinamaru dewene sikaki / den

amot sira angger / lamun anemu maru / angrasaha yen sira kari /

akunen yaya rena / mara tuwa iku / den adhep sapolah ira / asprane

maru nira priyen asih / den kalili ing sira//

16. //Andhapane den kadi siti /polahira maring biyang / lamon simicara

dhewek / nadyan sampun weruh / apiapiya sira rumihin / priyen

mamarahana / maring sira iku / yen dangu ora micara / marunira anulya

sira pribadi / den enggal tatakona//

17. //Sira takon luwanging laki / bubudene maring marunira / wateke

lan ringane / takona den putus / dhedhemene laki nira iki / lan doyane

pisan / takokkena ing maru / ajana kang kaliwatan / marunira samba

andhapana Nini / sangkane popoyana//

18. //Lamon sira nyawa sida (a)krami / lamon dadi rabi tuwa pisan / den

amomot sira angger / iku sakarsaneng kagung / lah wengkunen denira

nini / aja sira sebrana / (te)tetguhana ing kalbu / iku nyawa wuruk

ingwang / angrasaha sira kinarya uwit / kinarya gugunangan//

19. //Sakathahe maru nira nini / ingkang panengah panggulu ika /

wuragil miwah selira / lan dhedhemeneng kakung / padha kena putra

wuragil / aja sira beda iki / sih ira den tulus / miwah yen anemu raka /

maru nira maring sira iku gusti / poma teka menenga//

20. //Poma poma aja sira padhani maru nira kang wani ing sira / teka

enengana bae / den amot sira ing kalbu / aja sira mona lan wani / aja

ebot ulat ira / daserah ing guyu / yen darbe wewehana / ing karepe

maru nira iku nini / yen teka pituturana//

21. //(Ing) karsane pituturana nini / parandene yen katutugan / iku teka

kalah dhewek / poma ujar ingsun / lamon sira marusira tampi giliran /

poma aja rengu / den abening ulat ira / balik lamon maru niratuwa iki /

den tinggal wewehana//

22. //Atenapi yen ayun den gitik / maru nira dening priya nira /

adhangana age age / dipunawani ngrabut / amadhani napsuneng laki /

takoning marunira / den asih lulut / asruh n(a)rima becik ira / tur

gumanti marunira wedi asih / sabab ing becik ira//

23. //Kakangira asruh ngengraming ati / maring sira katon mulat ira /

maring maru k(a)liwat mule / katon atut memaru / asruh bungah

kakung ireki / dadi sihe tumeka / (ma)ring sira tan surud / iku poma

Page 35: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 35

lakonana / wekas ingsun yen arep kanggo alaki /poma poma wuruk

ingwang//

24. //Sira nyawa aja krana rahi / yen aweweh maring marunira / barang

sira weweh akeh / aja ngareping kakung / lamn sira nyawa paparing /

raksanen maru nira / wiwirange iku / wewe ya sisingidan / ing cupete

marunira iku yayi / aja ngarep(ing) wong lanang//

25. //Maru nira dadi wedi / maring sira roh sira atuwa / anyampeni

karsane / yen maru nira ngangluh / den gumatiya sira nini / angulati

usada / dipun gupuh gupuh / yen tan warang dening sira / age age

popoyanana maring laki / sira atetarene//

26. //Tarekena enggene sakit / marunira maring priyanira / nedha

aparentahe / lamon kakangira muwus / (a)marentah maring sira nini /

age age lakonana / sakarsaning kakung / yen maru nira sirna / ing

sakite pan asruh gene ngabekti / tur sanget asih ira//

27. //Laki nira asruh ngeleming ati / maring sira tur piniti pinta / asihe

tan ana sudane / nadyan botene purun / maru nira (ma)ring sira nini /

kakangira tan suka / asruh enggene bendul / padha kinon angidhepa /

maring sira sabab genira gumanti / maring maru maring wong lani//

28. //Yen laki nira duwe kekasih / sira uga age miluwa / maring

dhedhemene / miwah asih ing maru / atanapi asih ing selir / teka sira

miluwa / den asih kalulut / pasti miwah ganjaran / ing pangeran wong

wadon bakti ing laki / ngalamat manjing s(a)warga//

29. //Kaping kalihe wong estri / angrabekaken maring wong lanang /

manjing sawarga jangjine / (ka)ping tigane wong iku / wong estri bakti

ing laki / anut ujareng priya / tan malang ing kadhum / (da)tan

sumangga ing karsa / iku dudu wong wadon linuwih / kang kantuk sih

nugrahan//

30. //Poma poma ujar isun yayi / lamon sira arsa anendrah / aja

andhingini sare / balik kakang ngireku / lamon arsa munggah aguling /

anulya wasuhana / padaneng kakung / lamon sira kurang toya / rema

nira karya nem ngusapi sikil / mala ring ngapuraha//

31. //Sajenenge wong wadon puniki / raina wengi iku kenang dosa /

sira den weruh ta angger / yen sira sare karihin / yen arip netra nira /

aja sare ing kasur / (a)turuwa ana tundhangan / parandene yen

kakangira aguling / munggah ing pasareyan//

Page 36: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 36

32. //Prandene sira den timbale / marang kakang ira awas tuminga /

nuli sira age age / tumurut (pun)iku / anedhaha apura iki / teka sira

miluwa / nendreh aja kaping dhuwur / lawan sira ngabaktiya /

pangapura si englaki / mala ring ngapuraha//

33. //Lamon sira ing ngajak aguling / dipun undang dening laki nira /

nuli den bebata angger / lamon sasampunipun / sawombana kelawan

laki / nadhaha pangapura / maring laki asruh / nadyan tan darbe ya

dosa / sampun towong atobata saben wengi / muga ing ngapuraha//

34. //Satemene ing ngurip puniki / nora kena uwis ing panyana / yen

ora sareh wuwuse / sarta lawan pitudhuh / ngulatana guru kang jati /

ing sampun alungguh / kang patang prakara ika / ngulatana lamon sira

tataki / wong kang patang parkara//

35. //Kang rumihin sareh wuwus neki / kaping kalih kelemang lampah /

lan akeh pamujine / kaping pate wong iku / kang tan pegat amangun

teki / atawa sih yen ana / ajangkeping pitu / wong kang adil pala marta

/ kaping neme ingkang anekani / sakarsaning atanya//

36. //Kaping patune wong kang pinilih / yen wong kang wus tan arsa

engkaulyan / ana papa lalakone / yen ana kang kayeku / aja semang

sira sing bakti / anedhaha sapangat / saujare tuhu / (a)sih ing jalma

utama / (ing)kang mengkana iku wong kang priyatin / tandhane wong

tumeka//

37. //(Sang) Pandhita boja kirana iki / datan pegat sira mangun tapa /

amadhangi sarirane / anyegah napsunipun / datan pegat amangun teki

/ paciptane wus nyata / tan ana kang dudu / sampun waluya sadaya /

pangesthine tan ana kawula gusti / wus karem maring ora//

38. //Kang aja sira guroni iki / sang pandhita sipat kang mikana / kang

patang parkara mangke / pandhita sipatipun / anglampahi laku tan yakti

/ ping kalih marga cacah / kaping tiganipun / anggentong umes

budinya / sakawane kata wang brana puniki / iku isun (a)miharsa//

39. //Pan tegese sawiji wiji / sang pnadhita sipat marga cacah / soko

dayan sanja gawene / (a)ngumpet tatangganipun / doyan mangan

wawatek neki / pangucaping wong doyan / marga cacah iku / gawene

doyana utang / genthong umes gawene sok angrasani / tur jail

tetangga//

40. //Kang aja sira guroni / iya iku cacadeng pandhita / drengken iren

pepadhane / nyanane sugih ngilmu / kang mengkono dudu wong

Page 37: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 37

singgih / iku wong pakematan / tur duwe wong iku / panggawene ora

ana / ngilmunipun den urupaken ing bukti / kinarya pangasilan//

41. //Saban dina lunga angulinthing / saking santri nira / ngilmune den

gelar kabeh / nyanane apitutur / kitabipun den wolak walik / usul pekih

lan sarap / miwah nakwunipun / den gelar ing wong kathah / nyamna

nira sarira bisa ngaji / ujare nyana nira//

42. //Janma mangkin akeh ngimu wani / wong aguru akeh kang

sambitan / dening akeh lelewane / sing akaton den jaluk / arep mundar

wus ora olih / akeh wong ana lingsa / ing pangrungu nisun / (puN0iku

wong sambewara / aguru anut brung tawon angalih / boya ketang ing

temah//

43. //La(w)an ana pangandikaneng nabi / aja sira guru wong ampiran /

lan wong linyok pangucape / yayi sayogyanipun / iya iku wong kang

tinampik / sapa yogya miliya / kang waluyo tuhu / aja micara ngajiya /

den enteg kitabe samasjid / iku wong pangambilan//

44. //Kang saweneh manira ningali / akeh ngagungaken kawibawan /

akeh anggugung lakune / pan sami luhung / sesemone saparti nabi /

kang ahlul asembayang / salate kang kaya mengkana / santri besar isun

ing wong dunya suci / pan isun guronana//

45. //Kitab isun ana rong pethi / (pun)iku kabeh seseliran / padha

guruwa marene / lamon teka maring isun / poma sira mikula pari /

lawan ayam dhadhara / picise sasuku / sun wuruk ngilmu sampurna /

yen ujare besuk manggah ing sawargi / luput ing kira kira//

46. //Kang mangkana lampahing mangkin / kang ingaran ngilmu

pangambilan / kaprahing mangke lakune / yen ing pangrungu nisun /

ingkang aran santri sajati / bahasa iku tunggal / tri iku tetelu / kawruh

ing patang prakara / ing lakune kang papat wus den kawruhi /

lungguwe kadi sira//

47. //Kadang dawan manira iki / angling nutur lampahing ngutama /

lawan wong ina lakune / lan angling dhiri nisun / tan angrasa yen naurip

/ datan wruh sarira / angin tumuwuh / ngagungaken ing engkaulyan /

iya iku kang utama iki / poma kawruh ana//

® Pupuh 16 ®

MASKUMAMBANG

Page 38: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 38

01. //Ki Seh Jabar ngandika dhateng kang rayi / kang wolung prakara

(ika) / patemoneng rasa jati / (ing)kang anang jasad ira//

02. //Nyi Mutmainah sumungkem (a)ngabakti / sarwi ngusap padanira

/ kang rayi ngandika aris / lah tuwan tetelaken//

03. //Pratelane anang raga bira iki / nyata badan nira / urip nyawa iku

singgih / patemon lahir batin (nira)//

04. //Ingkang dhingin mas kawineng Allah iki / lawan Mukamad ika /

miwah ngaras lawan / kursi iku (lah) takokena//

05. //Kaping tiga mas kawin raina wengi / (ping) sakawane ika / ngalam

lawan lintang nenggih / (pun)iku lah takok kena//

06. //Kaping lima mas kawin jalu lan estri / den takokena / ping neme

puniku singgih / mas kawin serngenge lan wulan//

07. //Bumi lan langit takokena ugi / mas kawine ika / ping wolu mas

kawin neki / sawarga lan naraka//

08. //Rakokena den tetela iku nenggih / lungguwe sanunggal nunggal /

ujar iku tan den kawruhi / yayi pagurokena//

09. //Sapungkur isun takokena iku yayi / kang rayi ngandika / inggih

nuhun kula gusti / andika kang madhangana//

10. //Kados pundi padhange ujar puniki / mas kawin nang Allah / lawan

Mukamah (pun)iki / lintang lan ngilmu (pun)ika//

11. //Padhengena mas kawin ngaras lan kursi / lungguwe sanunggal

nunggal / mas kawin rahina wengi / (pun)iku tetelaken//

12. //Ki Seh Jabar mangke (a)ngandika aris / lah iya pangeran / mas

kawin Allah (pun)iki / kelawan Mukamad ika//

13. //Patemone nurullah lan urip iki / tunggal rasa nira / Mukamad lan

Allah iki / patemone ing nurullah//

14. //Ana dening mas kawin jalu lan estri / patemoning jasad / lawan

nyawa iku nenggih / iya iku panunggal ira//

15. //Ana dening mas kawin ngaras lan kursi / patemone ika / sungsum

balung ira iki / tunggale nur ngaras ika//

16. //Ana dening mas kawin lintang singgih / lan ngilmu (pun)ika /

muka garib mata garib / bakrm arane (pun)ika//

Page 39: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 39

17. //Patemone getih lawan daging nenggih / tegese punika / osik ira

iku yayi / ing jajantung ira ika//

18. //Ana dening mas kawin bumi lan langit / mas kawine ika / ati lawas

esi nenggih / (ingkang) ingaranan sirullah//

19. //Ana dening mas kawin raina wengi / patemone ika / netra putih

lan irenge nenggih / roh kiyat tegese ika//

20. //Patemone kawula kelawan gusti / iku campuh ing rasa / ing

misarane iku nenggih / iku pamanggih manira//

21. //Wonten (dening) mas kawin neraka lan sawargi / patemone ika /

napsu lawan budi neki / panunggale ing dhiri nira//

22. //Ing anane becik angtep ira urip / sangkono wetune / yen wus

awas ira iki / prabedane la(wa)n tunggal//

23. //Tang bangsa manira angrungu iki / kang rayi ngandika /

srengenge kalawan sasi / kawula dereng uninga//

24. //Ana dening mas kawin puniki / derngenge lawan wulan /

ngarabiyahi iku yayi / patemone netra ika//

25. //Netra kalih kaliye samya ningali / ming kelokan nira / iku

kawruhana malih / beda tunggale (pun)ika//

26. //Allah tangalah jisim nira (pun)iki / milane ana kahanan / angjisim

puniki / mas kawin (ing)kanga tama//

27. //Sampun nyata (kang) jasad katrapan mas kawin / lan sipat sampun

mukdis / kang akeh tinemu ika//

28. //Sembah puji puniku sami duweni / asma hapngal ika / kabeh

padha mojud iki / dening ta sampun sampurna//

29. //Pan jumeneng ana kakekating urip / sarta polahing nyawa / sakira

polah ngabakti / iya nyawa kang darbe polah//

30. //Ora liyan puniku ingkang darbeni / mangka winuwuhan / ingkang

aran nyawa malih / minangka sakawan//

31. //Kang kaetang tiga welas nyawa nenggih / kabeh iku nyawa /

tedhak saking roh ilapi / minangka ta leleberan//

32. //Pan sakehe kang ana ing makluk dadi / gumelar ing ngalam dunya

/ iya saking rok ilapi / minangka asaleng jagat//

Page 40: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 40

33. //Alam iku tan ucul saking puniki / pan sakehe kang dadi /

(ing)kang gumelar agung alit / minangka sipat ira//

34. //Mulane ingaran baka nenggih / langgeng tan kenang owah / nora

ana kang momori / mung Allah (ing)kang kuwasa//

35. //Satedhahe Mukamad iku kang singgih / dadi amandhita /

wawayanganing dat sipat nenggih / tunggal anane (pu)ika//

36. //Anging akeh kalurung tekad sami / anging Allah kewala / kang

wajibul wujud iki / Mukamad tan kaunangan//

37. //Dening tunggal anane ingkang den esti / kadi (ra)rasa nira / kang

rayi amatur malih / ingkang raka masala eku dhangdhangan//

® Pupuh 17 ®

DHANGDHANGGULA

01. //Ulatana bumi pitung langit / miwah lapis ingkang pitung ngesap /

endi sihana liyane / lah ora ana iku / dening jalma ingkang utami / sarta

lawan kang wikan / ing wong bodho iku / tan weruh lampah putusan /

apuwasa arang ingkang den lakoni / dening doraka nira//

02. //Nanging yayi pamiharsa mami / wong kang sampun sasmitaning

sembah / ora ana ing sembahe / miwah ing lampahipun / ora ngrasa

lamon duweni / miwah tingkah lawan polah / ing pangrungu nisun / yen

sampun w(e)ruh selam ira / najan amor mudajil lawan si kapir / iku

tanpa gepokan//

03. //Gawok isun ing jaman mangka iki / wong kang ahlul panembah

punika / dening akeh lalawane / dhikire muluk muluk / tur den patut

kalawan suling / sarta bedhuge pisan / awor lan keketuk / nyanane sira

sah ing nala / dudu sembah maring pangen (ing)kang jati / kaya wong

mendem waragang//

04. //Pan sakehe ing para utami / nabi wali muga kang utama / nora

mengkono lakune / tansah meneng kalangkung / pamujine osiking

ngati / suju ira tan pegat / waktune tan surud / nanging yayi kawruhana

/ jaman akir den kukuh sira pribadi / pacuwan aja gawokan//

05. //Kang rayi (u)matur angabekti / inggih nuhun saking (a)sih tuwan /

pangeran kawula angger / tan wonten kang atulung / among tuwan

ingkang madhangi / dating kawula / reh bodho kalangkung / kados

pundit a ing karsa / wong angucap Allah kaesti / pundi nyataning

Allah//

Page 41: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 41

06. //Lawan pundi (ing)kang laki rihin / lan Mukamad Allah ta punika /

kawula ayun w(e)ruh mangke / maksih bodho kalangkung / milu anut

ujaring pawarti / dereng wikan (ing)kang nyata / ing basa puniku / lah

tuwan tetela kena / ing nyatane aja nut marang pawarti / kawula nuun

barkah//

07. //Ki Seh Jabar amuwus aris / ari ningsun mirahe pun kakang /

dununge enggon kangenger / andika dipuntulus / bayandika juwita sari

/ atemu lan kusuma / guruning wong ayu / lamon yayi during wikan /

ingkang aran Allah sejati / iya (e)dating Mukamad//

08. //Tatkalane Mukamad kang singgih / iya Allah kang den ucap ucap /

endi si ana liyane / lamon Aallah (pun)iku / dadi nyata Mukamad iki /

ing wenange iya Mukamad / Allah datan ketung / yen Allah anang jaba /

sayaktine Mukamad ing j(e)ro yayi / tunggal wujud saana//

09. //Kagungane pangeran kang jati / kabeh yayi pan ana ing sira /

malekat tunggal jatine / kang mukarabah rumuhun / maring Allah

ingkang sajati / kabeh yayi wus ana / ora kena ucul / dadi kalampahan

nira / kang malekat tan kena pisah sawiji / iku kagunganing pangeran//

10. //Kang Rayi (u)matur angabakti / inggih nuhun saking (a)sih tuwan /

malekat endi nyatane / kang murakabah rumuhun / lawan tuwan

ingkang sajati / kawula ayun wikan / ing sajatinipun / malekat kang

murakabah / minangka potusan nira Yang Widi / kang tansah

ingaranan//

11. //Ki Seh Jabar amuwus aris / ari ningsun mirah sun wawarta /

malekat iku duwene / nenggih jarail iku / lan minkail israil iki /

(a)nenggih ngijrail ika / kabeh nyatanipun / (a)nenggih Jabarail ika /

wewayanganing datulah iki / Ngijrail papasangan//

12. //Ana dene Israil puniki /kakekate rasaning datulah / Minkail iku

nyatane / rasaning datulah iku / lamon yayi dereng ngudani / yayi

ingkang malekat / wau kang cinatur / kabeh wus ana ing sira / ing

sakehe jir sira padha duweni / salah yen ana liyan//

13. //Pan kang rayi sumungkem ngabakti / sarwi mekul padane kang

raka / langkung ajrih sanyatane / alon denira matur / inggih nuhun kula

gusti / langkung dening kawuryan sabda dika iku / kawula matur

pangeran / kados pundi kawula miharsa warti / ana wong ngucap

mangkana//

Page 42: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 42

14. //Kados pundi nyatane kang gaib / wong angucap jatineng Pangeran

/ kawula yun w(e)ruh nyatane / iradating Yang Ngagung / lawan mukdas

puniki / paran gene nyata / pundi trapipun / kang ora pisah lan kula /

pan kahanan nira puniki / nedha tetela kena//

15. / Ki Seh Jabar amuwus aris / ari ningsun dununge pun kakang /

andika enggonku ngenger / yen paran dereng weruh / kudrating Yang

kang anang dhiri / iku (pu)putihing netra / iradat puniku / iya irenging

netra / sayaktine iku yayi / kang anang sira//

16. //Kudrating Yang (da)tan kena gingsir / ing aksara bismilah (pun)ika

/ cinangcang yayi ibarate / kaya aksara iku / ing bismilah aja kasilib /

ayun wikan ing pinangka / mulane tan ucul / lan kanthete ing aksara /

ora pisah den w(e)ruh kang den samitani / pacuwan aja samar//

17. //Kang rayi asruh ngabakti / inggih bnuhun saking (a)sih tuwan /

kados pundi nyatane / kawula dereng weruh / ing bismilah cangcangan

muni / iku wiyos ing aksara / pundi jatinipun kang den sasmitani /

kawula (a)yun wikan//

18. //Ki Seh Jabar amuwus aris / ari ningsun dewata ing tilam / iku yayi

sasmitane / keketeg ira iku / lan ambekan kang den semoni / iku

jatining bismilah / ora kena ucul / kanthete ing urip ira / ora pegat yen

ucul salah sawiji / gempal kudrating Allah//

19. //Pan tunggale angawruhi dhiri / ing nganane becik anggep ira / iku

sing kono wetune / yen wus awas sira iku / prabedane lan tunggil neki /

iku den kawruh ana / ing ujar puniku / garwane aris angucap / kadi

pundi tunggale dadi sawiji / rarasan kang mengkana//

20. //(ing)Kang ingaran iman puniki / nyatane lan tokid (pun)ika /

murakabah tegese / padhangena kateng sun / l(aw)an Islam panunggale

iki / amba weruhena / wuwus kang kayeku / Seh Jabar mangke ngandika

/ insa Allah lamun binuka Yang Widi / lan barkaheng panuktan//

21. //(ing)Kang garwa (u)matur malih / kados pundi Pangeraning jagat /

wonten wiraos mangke / duk lagi lara iku / pan siniyan dening Yang

Widi / alam apa samana / paran imanipun / Seh Jabar mangke angucap /

emas madu juwita puspita sari / (e)mas mustikaning nyawa//

22. //Yayi atma sira soca adi / inten widuri saneng sawarga / amung

andika isine ayun nira atulus / bayandika wadon linuwih / emas

pangeraningwang / wong wadon (kang)ayu / alam arwah wastane

mangke puniki / tan langgana ing karsa//

Page 43: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 43

23. //Kadi pundi duk lagi lara iki / pongah Pangeran alam apa punika /

kawula dereng wruh mangke / punapa imanipun / miwah reke duk

tengeng iki / alam apa samana / kawula yun w(e)ruh / sampun liwat

(pun)ika / saking kono iki / annuli alam (pun)apa//

24. //Lawan wonten wong (a)ngucap singgih / kang mangkana

pangucape ika / duk nyawa ing ngambil mangke / saking badan punika

dadalan neki / duk si nyawa ing ngalam / miwah pecatipun / yen ora

kadi punapa / nyawa ika ing pundi dadalan neki / apa rupaneng

nyawa//

25. //Ki Seh Jabar amuwus aris / emas madu inten ingkang mulia / retna

kencana widurane / ayun nira atulus / bayandika wadon linuwih / andika

isineng sawarga / ganjaraning kakung / duk lagi pongah pangehan /

alam barjah imane sadrah puniki / mirah iman andika//

26. //Duk lagine sira cengeng iki / alam laut sira duk samana / iman

idayat wastane / sampun nglepas ing riku / nyawa nira ing ngalap

singgih / sekang jeriji nira / jempol suku iku / seksana nulya binakta /

nyawa nira munggah ing segara kadim / pecat segara leka//

27. //Sasampune segara kadim iki / miwah mangke ing segara leka /

segara playa rowange / sampun liwat sing riku / nulya mancad segara

malih / segara istigna kang / kocap puniku / (ing) kono enggon

pasenetan / nyawa iku kandheg ing segara urip / angenteni parentah//

28. //Rabinipun atur ira aris / he pangeran mustikaneng jagat / kadi

punapa tegese / segara leka iku / lawan malih segara kadim / kawula

dereng wikan / saking kawula bingung / Ki Seh Jabar angucap / emas

madu juwita puspita sari / inten retna komala//

29. //Baya andika wadon linuwih / pan tan ana wadon kayandika /

segara kadim tegese / wawanglu nira iku / gih puniku segara kadim /

segara playa ika / dhengkul ira iku / kanga ran segara pana / sikut ira

segara urip puniki / kang wasta pupu nira//

30. //Kang ingaran segara puniki / Istigna (pun)iku dhadha nira / segara

winon ta mangka / weteng (an)dika aku / pan saka lir kawot puniki /

sawarnaning rarasa / kabeh kawot iku / apa sikang ora ana / saniskara

segara rante puniki / (pun)iku usus ira//

31. //Bayandika wong wadon utami / kang manang (ing) kaustikaning

jagat / pun kakang asih ing tembe / sira sosotya nisun / pan kawula ing

ngangken gusti / sira minangka lanang / wadone katengsun / rabine

Page 44: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 44

alon angucap / inggih nuhun Pangeraning ngalam kawir / tuwan

retuning jagat//

32. //Kadi pundi padhange puniki / ingaranan dhingdhing jalal ika /

muwah ngaras kursi mangka / kawula yun w(e)ruh / padhangena jisim

puniki / Ki Seh Jabar angucap / dhingdhing jalal iku / kakekate anggan

nira / jalan iku kakekate iku daging / iku kanga ran jalal//

33. //Ana dene kang kalam puniki / atinira eloh iku ilat / kuri uwang

ngira mangka / ngaras pangambu nira iku / ingkang aran gunung

medayin / punika cungur ira / kanga ran (pu)iku / sipat jalal kamal ika /

sipat kahar estune puniku daging / jalal tur ula ula//

34. //Ana dene sipat kamal ika / kakekate yayi iku kulit ira / telaga iku

tegese / kalkaosar puniku / tegese jantung ireki / kaliwat bening ira /

enggone nyawa turu / juwita nira angucap / kadi pundi rupane nyawa

puniki / kawula dereng wikan//

35. //Ki Seh Jabar amuwus aris / yen warnane si nyawa punika /

kayandika lelewane / tan wonten bedanipun / mung seri kagedhe lan

cilik / kadi umpaneng kembang / megar kudhup / kang kudhup puniku

nyawa / ingkang megar puniku badan puniki / supaya jro lan jaba//

36. //Wetarane nyawa puniki / pan satawon gedhene (pun)ika / mung ta

kayandika mangka / rabinipun amuwus / inggih nuhun kawula gusti /

gustine wong sajagat / kadi pundi iku / mulane atinggal jasad / mapan

iku Seh Jabar mangke nahuri / pan sampun jangji ningwang//

37. //Duk lagi Allah anabda iki / alam kawas tumuruning arwah / punya

gumelar sakabeh / para nyawa puniku / ingkang dadi dhinginm puniki /

saking getih punika / enggone nyawa iku / baya yen dereng wruh sira /

kang rayi angucap yen kawula sampun mati / (ing) pundi enggoneng

nyawa//

38. //Lan ing pundi dadalane dhingin / nyawa iku yen metuwa jaba /

saking pundi dadalane / Seh Jabar amuwus / mapan ana nyawa puniki /

bangsa alus punika / garwane (u)matur / yen angin angin punapa /

dipun pasti Seh Jabar aris nahuri / angin antara mangsa//

39. //Wiwitane abang warna neki / angin iku kang teka wiwitan / mapan

duk kuning kilate / ping tiga putih iku / kaping pat ijo puniki / (pun)iku

angin kasan / garwane amatur / kadi punapa ing karsa / (ing)kanga

bang bangsane Jabarail iki / kuning Minkail ika//

Page 45: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 45

40. //Ingkang ijo Ngijroil puniki / ingkang abang Jabaraik ika / kuning

warnane mangka / Minkail wastanipun / ingkang putih Isropil iki / iya

iku dhiri nira / garwane umatur / kadi punapa tegesnya / nyawa iku

Ngijroil lan Jabarail / Minkail Isropil ika//

41. //Tan adane Minkail puniki / kakekate rarasan punika / kang tan

owah iku mangke / sampun prapta puniku / nyawa (an)dika nulya

ingambil / pinecat saking jasad / nuli mancad iku / ing ngalam sakangti

ika / ngalam kiyal ing kono enggone malih / malekat sampun prapta//

42. //Dadalane nyawa puniki / pan sakawan kathahe (pun)ika /

(da)dalan sing irung wedale / lan malih puniku / awor lawan wedaleng

wari / tegese wari ika / grahana (kang) muntuk / yen sira dereng

waspada / takokena kang munjuk ing cangkem iki / iku asaleng

nyawa//

43. //Nulya ngambah ingwang sakangti / nyawa iku mancad lawang

kiyal / gulu iring pasenetane / rabinipun amuwus / kadi pundi

partingkah singgih / alam akait (pu)ika / padhangena ingsun / Seh Jabar

mangke angucap / inten dewi sosotya sinara wedi / kusma miran

ingwang//

44. //Emas madu puspita sari / mirah jenar mustikaning jagat / komala

inten widuri(ne) / ayun ira atulus / bayandika wadon linuwih / pilih

kados andika / alam kiyal iku / kakekate bathuk ira / alam kangti tegese

puniku gusti / iya gigithok ira//

45. //Sampun liwat nyawa nira iki / (kang) tinampanan dening malekat /

saking Ngijroil ta mangke / Ngijroil sira sampun / wonten malih (kang)

malekari / Israpil wasta nira / pan ana (pun(iku / Ngijroil reke punika /

nulya mancad munggah maring pitu langgit//

46. //Sampun prapta ing langit (pun)iki / langit iki mirah atatanya /

malekat (a)Tanya mangka / nyawa apa puniku / kang anggawa aris

nahuri / nyawane wong Islam ika / tetep baktinipun / liwat saking kono

ika / nulya munggah ing langit kapindho iki / nulya anjaluk lawang//

47. //Kang atunggu lawang langit iki / malekat sarya uluk salam / sarta

aris panjawabe / den takoni sira sampun / nyawa nira den titih titih /

partingkah ing jinabad / yen sampun (pun)iku / nyawa nira nulya liwat /

lamon dereng sira balika maning / binakta ing malekat//

48. / Sampun prapta ing langit puniki / kaping tiga sira tinakonan /

pratingkah sembahyang mangka / yen sampurna puniku / sampun

Page 46: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 46

prapta langit sakawan (iki) / anulya tumeka sampun / sarta sira

tinakonan / pertingkahing puwasa iki / yen sampurna liwata//

49. //Yen dereng sampurna balik singgih / sampun telas nulya liwat /

ing langit ping lima reke / binakta sireku / ing partingkah wiladah gusti

/ lamon ora kajawab / sira baliya iku / yen sampurna nulya liwat / wus

andungkap ing langit kaping nem iki / munggah pitung sapta ika//

50. //Ki Seh Jabar amuwus aris / kang kinarya kursi rasa ika / ngaras

caya iku rehka / sampun kadi puniku / pun sakehe sarya kekalih / bumi

langit punika / mas kawine iku / Allah lan Mukamad ika / mas kawine

tekekena siji siji / miwah mas kawine lanang//

51. //Lanang wadon tekekena iki / mas kawine aras kursi (pun)ika /

endi ta ing patemone / lan dhingdhing jalal iku / tekekena dipun sayakti

/ serngenge la(wa)n wulan / takokena iku / mas kawine panunggal

nunggal / mas kawine raina kalawan wengi / lah iku den waspada//

52. //Dereng sampurna yayi ta gusti / pangawruhe maksih kumalamar /

galurung adoh dungkape / yen sira sampun weruh / ing mas kawin

sawiji wiji / iku yen dereng wikan / ujare kang luhung / bejang yen

(an)dika pejah / temah suker dating ing sakarat iki / sampurna yen

uninga//

53. //Mutmainah aris nahuri / inggih nuhun pangeraning jagat / kang

asih ing ngakerate / mangke pangeran ingsun / luhung baya tuwan

linuwih / emas pangeran ingwang / kang pundi puniku / kanga ran mas

kawin (pu)nika / w(e)ruhena kanga ran mas kawin sadhidhik / malar

duluren ingwang//

54. //Dene bakale langit bumi iki / pan kudrat bakale ika / bumi iradat

bakale / ngaras kursi puniku / pan (pun)iku enur puniki / iku kang dadi

ngaras / iku sun angrungu / dhingdhing jalal caya Allah / iya iku kang

dadi aksara alip / iku isun (a)miharsa//

55. //ana dene Mukamad puniki / kang kinarya (pun)iku lan awal /

Mukamad iku bakale / kalam la(wa)n mangsiku / pan bakale wadon

puniki / k(e)rana ora mbawah / (kang) wadon (pun)iku / asale kang dadi

ika / asalipun kang dadi wadon puniki / ireng irenging netra//

56. //Ingkang dadi eong lanang puniki / ing gaibe puputihing netra /

iya iku wiwitane / krana lanang (pun)iku / sapolahe terus ing ngati /

dening saking kapdhang / (kang) wadon puniku / kang dadi irenging

Page 47: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 47

netra / krana pon (da)tan kena ngimam ngimami / dening petenging

ngimam //

® Pupuh 18 ®

ASMARADHANA

01. //Lamon sira nembah muji / pujine katuring sapa / yen katura

Pangerane / mapan ora warna rupa / lamon ora katura / tanpa gawe

sembahipun / amur aja amujiya//

02. //Lamon ngaturaken puji / maring Allah sementana / mapan dudu

papadhane / pan Allah (ing)kang misesa / kang amurba ing sira / den

weruh (ing) wiwitanipun / kang anembah ing sinembah//

03. //Puji sapa kang duweni / pan puji pujining Allah / kawula pan ora

duwe / lawase nora / kuwasa / miwah panggawe nira / lawan badane

sakojur / ing ngingsukma kang akarya//

04. //Pundi ingkang aran puji / tegese puji punika / kanugrahan

sajatine / kang tumiba ing kawula / (kang) aran kanugrahan / iy urip

tegesipun / pan urip sapa//

05. //Lamon uriping Yang Widi tan urip kalawan nyawa / tegese nya(wa)

jatine / kang tumiba ing kawula / (kang) aran kanugrahan / iya urip

tegesipun / iku urip ing manusa//

06. //(ing) Endi tegese urip / wong anom angawruhana / den (a)becik

tarimane / angel jeneng ing ngagesang / tegese wong agesang / kang

katetepan tetelu / iman tokid lan maripat//

07. //Lamon ora duweni / kang langgeng telung perkara / iman tokid

maripate / pasti pegat ing ngagesang / yen uga (da)tan wruwa / iman

lawan tokidipun / lawan jenenging maripat//

08. //Tegese iman lan tokid / kang iman pangestu nira / ngestoken

Pangerane / kang sukma wajib kang esah / tan ana roro tetelu / amung

sukma ingkang tunggal//

09. //Ingkang ingaranan tokid / mapan tunggal kajatiyan / pangleburan

ing rorone / gusti kalawan kawula / yen tunggal kadya apa / lamon beda

bedanipun / mapan ora pisah pisah//

10. //Salamet olih ngawruhi / tegese tokid punika / tunggal maring

kawulane / kawula iku tan ana / mapan jeneng kawula / sajatine jatine

suwung / tanpa polah tanpa tingkah//

Page 48: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 48

11. //Tegese maripat singgih / wongkang awas ing Pangeran / iku kaya

parupane / kanga was (pun)iku sapa / pan jeneng(e) kawula / wuta bisu

tuli suwung / tan ana kawula nira//

12. //Katuring sembah lan puji / pan katuring dhewek ira / dhewek(e)

sukma jatine / tan ana sembah senembah / endi kanga ran Allah /

asmaning dat wajibul wujud / sajatine ingkang ana//

13. //Iya kang nembah amuji / kanyataan dating Allah / dudu ana ing

dhewek(e) / mantep jenenging tarima / tegese panarima / tanpa polah

tanpa wujud / lir sarah aneng segara//

14. //Jeneng sembah lawan puji / pan asrah ing panarima / pan

kuningan kuwasane / dening Pangeran kang mulia / cilik tekang tuw /

den becik tarimanipun / angel jenenging tarima//

® Pupuh 19 ®

DHANGDHANGGULA

01. //Mertabate sadat (ing)kang dhingin / mutawilah jenenging sahadat

/ angawruhi ing dheweke / (lan) mutawasitanipun / ingkang aran sadat

ping kalih / la(wa)n mutakirah / sadat (ka)ping telu / mutawasita

tegesnya / kanyataan sipate (ingkang) angawruhi / ing ngatase

dheweknya//

02. //Tegese mutakirah (pun)iki / angawruhi jenenging Pangeran / wus

nyata ing kawulane / mapan jenenging rasul / lan ing ngangken rasa

sajati / iya rasa (kang) tunggal / kang ing ngangken wujud / dadine

anang kalimah / kinawruhan dening wong sajagat bumi / anuting

rasulullah//

03. //Retuning sadat wajib angawruhi / pan sakawan kathahe punika /

tasdik talim kaliwate / kurmah sakawanipun / tegesipun ingkang karihin

/ tasdik angestokaken / Pangeran kanga gung / kalawan tegese kurmah

/ amumule sira maring ing Yang Widi / (ka)lawan tegese (ki) lawat//

04. //Tegese amumule (pu)iki / angutusan jeng Nabi Mukamad / ora

(ro)ro Pangerane / kalawan talimipun / angagungaken maring (Yang)

Wido / pan retuning sajagat / ananing Yang Luhur / tan ana

amadhanana / ingkang liyan (da)tan anjeneng kekalih / anging Allah

katunggal//

05. //Angandika Nabi sinelir / angrasani jenenging (a)salat / arep weruh

Pangerane / yen sira ora weruh / siya siya denya lampahi / partingkah

Page 49: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 49

ing ngasalat / nenggih kang satuhu / w(e)ruhe kadi punapa / yen

weruha sameloke dadi kapir / tudhuh werna rupa//

06. //Lamon ora weruh ing Yang Widi / yakti wuta besuk ing ngakerat /

kudu weruh samengkone / yogya sami aguru / ingkang weruhing kang

sajati / partingkah ing ngasalat / den weruh ing tudhuh / jenenging

salat (kang)tunggal / tunggal wujud kawula kalawan gusti / dadi wujud

(kang) tunggal//

07. //W(e)ruhipun ing kawula gusti / jeneng niyat kang tingang parkara

/ kasdu tarul lan tayine / wruwa ing bedanipun / jeneng niyat sawiji wiji

/ dudu basa suwara / niyat kang amengku / ing ngadeg rukuhe ika / iya

niyat sujud lawan lungguh iki / iku kalawan niyat//

08. //Kaping kalih tarul kang gumanti / lungguhipun bedaning rakangat

/ tan kena kaliru mangke / tayin ping tiganipun / nyatakaken subuh lan

magrib / miwah luhur punika / sarta ngasaripun / den sami abedakena /

iya iku sunah lan pralu (pun)iki / wajib abeda kena//

09. //Waler sengker pocapane iki / (ing)kang satengah ora anduga /

dening ewuh bebasane / kang satengah gumuyu / paksa bisa ngowah

ngowahi / angucap rada bengak / padune wong bingung / kudu ngajak

kekerengan / kang satengah ngagungaken bisa napsir / katungkul

tetembangan//

10. //Atakona ingkang padha mumin / jeneng kawruh jatineng (a)salat /

den idhep sira pisahe / pundi kang mumin tuhu / iya iku ingkang

ngawruhi / kang wruh jatineng salat / pisah kumpulipun / dudu salat

ing kawula / sajatine nugrahan nira Yang Widi / kang t(um)iba ing

kawula//

11. //Sapa tinggal reke ing sajati / mapan luhur kang atinggal salat /

kaya apa partingkahe / yen teka ora weruh / takokena dipun sayakti /

angel jenenging salat / menawi kaliru / den (a)nenggih tinggal sisan /

ambayani atinggal salat sajati / pan wajib linakonan//

12. //Sapa reke tinggal salat iki / ora kena mayite dinusan / wong mati

Bangka kukume / kalawan malihipun / ora tunggal abukti / ingkang

atinggal salat / iku jangjinipun / kaping tiga ora kena / nenembeleh

rusak kalimahe kalih / mungguh (kang) atinggal salat//

® Pupuh 20 ®

S I N O M

Page 50: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 50

01. //Kpire wong tinggal salat / sajege ora lakoni / tinggal temen sarya

angas / amemadha ing wong mumin / miwah ing ngisin isin / persasat

guguyu rasul / dadi ratuneng doraka / kaya kapir wong yahudi / pasti

gempur lebur anang neraka//

02. //Luhure kang tinggal salat / kadi pundi olih ngawruhi / wajib wong

atinggal salat / wajibe pan kadi pundi / lahir batin (pun)iki / tan ana

liyan kang ketung / miwah panggenan ira / mapan ora anduweni /

anging sukma polahe ingkang (a)salat//

03. //Ilang jenenging kawula / sirna maring ing Yang Widi / mapan

jeneng kawula / norana anduweni / ing sadaya (pun)iki / pan saking

Yang Ngagung / lir lintang karainan / kasenenan ing Yang rawit /

lintang ilang kasorotan ing raditya//

04. //Wong kang tumeka ing salat / tinggal kasdu rulyatin / iku iya kang

sampurna / angawruhana ing budi / iku kalawan ati / anang ngati

tegesipun / arep amarengena / kasdutarul wantawin / parengena ing

wiwitan lapal akbar//

05. //Aksara asta parengena / wekasan wiwitan alip / alip kakekateng

niyat / lam awal (ka)la(wa)n akir / pareng ing niyat singgih / atiba ing

niyatipun / Allah jenenging dat / tibane miyat sayakti / pan ing akbar

jeneng sampurnaneng niyat//

06. //Jeneng niyat punika / paleburan roro neki / gusti kalawan kawula

/ yen maksih gusti / pan ta utami / kapriye salametipun / rorone dadi

satunggal / tunggale dadi kakalih / ora ilang kawula kaya Pangeran//

07. //Pangawruhe ing kawula / pareng ing sih ing Yang Widi / lawan

atinggal kawula / tan ana ingkang ngarani / ingkang anebut gusti / tan

liyan kawulanipun / dadi nyataning Pangeran / kang anembah kang

amuji / mapan iku kawula enggoning nyata//

08. //Ing ngangken kahanan Yang Sukma / ing ngangken wujud tunggil

/ la kakalih ira / tunggal tan ana kekalih / amung ing wong ngabakti /

kakasih ira Yang Ngagung / amung jenenging manusa / kang dadi kala

ning (a)sih / ora ana amung jenenging kawula//

09. //Endi kanga ran manusa / ingkang terus lahir batin / kang narima

ing Yang Sukma / tan darbe polah pribadi / anging karsaning Widi /

kanga sung marga kang luhur / mapan tan ana liyan / Pangran kang

angasihi / den narima ing (a)sih nugrahaning Yang//

Page 51: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 51

10. //Utawi jenenging salat / lilima kathah ireki / kang dhingin salat

jumuwah / kang lahir waktu ing mangkin / pakumpulaning jalmi / salat

jemuwah puniku / sing ngaden basa kena / (ing)kang lahir saking / iya

iku asale salat jemuwah//

11. //Pan sing ngaden ucapena / maksih lahir lawan batin / aja tinggal

ing panutan / kangjeng rasul kang kakalih / ingkang ana asuci / punika

ing lakunipun / yogya angawruhena / basa lahir lawan batin / iya iku

kanga ran salat jemuwah//

12. //kaping kalih salat wusta / (kang) den elingaken ing ati / tegese

kang ora pegat / sapa ningali ing ati / sapa temoning Widi / kados

paningaling kalbu / pan jenenging kawula / gusti ora ana napi / nora

darbe mapan kaganti yang Sukma//

13. //Salat kaji kaping tiga / norana tingal kekalih / roh jasad tan

kawicara / jasad roh kadi pundi / mapan dadi gegenti / iya iku ingkang

agung / pan sajatineng tunggal / tinggale pan kadi pundi / mapan

(pun)iku iya roh iya sukma//

14. //Iku pan dudu rarasan / pan ewuh olih ngawruhi / luput kenering

wicara / lupute kadi pundi / lupute kadereng dugi / benere yen sampun

weruh / yogya aguro kena / pan akeh jenenging ngilmi / kawruhana

jenenging salat jumuwah//

15. //Waler sengker (ing)kang atengah / yen ana saben ngilmi / ora

nadya mupakatan / sanget kang pating barekis / olihe paben ngilmi /

tan ana gelem kasusur / (ing) ngagungaken yen bisa / tan kasusu ora

ngarti / kaluputan pangawruhe dadi sasar//

16. //Dadine waler wong kuma bisa / angrasa bisa pribadi / tan angrasa

yen kapurba / ujare ngilmi sajati / poma den ngati yati / sajati ngrasa

(pun)iku / tingkah polah ira / pan iku saking Yang Widi / aja ngrasa yen

sira bisa//

17. //Salat daim kang kaping pat / tegese ingkang ngawruhi / nyatane

maring Pangeran / ora mango saking ngati / awase aningali / maring

Pangeran kanga gung / jenenging maripat / tan ana gusti kakalih / kang

kasebut ing ngati / amung Yang Sukma//

18. //Aja ngarepaken roro (ika) / ing ngawal kang during ana / jenenge

kang kari akir / jenenging jisim (pun)iki / jeneng eroh akiripun / pan

dadi kanyataan / minangka paesan jati / iya iku minangka tetunggalan//

Page 52: SERAT SEH JABAR SODIK - alangalangkumitir · wawacan ingkang tinedhak // 07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / ... //Wonten dening kang ing pungkur / aksara

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 52

19. //Tegese kang kaping lima / kinawruhan kang sayakti / salat

ngismungalam ika / jenenging roh (la(wa)n jisim / yogya sami ngawruhi

/ tegese maring Yang Ngagung / agung namaning Allah / tan pegat

denya ningali / dadi jagat nyatane ika langgengan//

//Tama ting dina akad pon wula sura / tanggal pitu likur ing taun je /

hijrah nabi 1694//

Punika wacan boten kenging nyang kang ningali kedah tyang kang

bengah krana bok salah tamping tekade punika wasiyateng//

//guru guru poma//

Lailahailallah mukhamadun rasulullah ala huma salli ngala sayidina

mukhamadin wangala ngali sayidina mukhamad.