drama bahasa jawa

10
RONDHO KANTIN Wonten ing kantin satunggaling sekolah terpadu wonten Ngayogyakarta, wonten kalih tiyang bakul ingkang sampun sami rondho nami nipun Sellyyem kaliyan Leginah. SALLY ALIAS SALLYYEM : Inggeh menika satunggaling bakul ingkang sampun rondho nanging taksih ayu kinyis-kinyis wonge manis lambene mlipis bahenol nganggo sepatu jinjit esemane marakke klepek-klepek pokokke rondho kempling. GINA ALIAS LEGINAH : Satunggaling bakul kang uripe mlarat wis rondo rupane ireng anakke umbelen urep meneh, klambine lethek ratau di besut. MINI ALIAS SUMINI : bocahe cilik dandanane koyo cah cilik tur yo pancen ijeh cilik wong kelas telu SD. sumini iki pancen rondho gahol ragelem di arani bocah ndeso amergo ngroso uripe koyo uwong kutho bocah nggaya iki anak tunggale sallyyem kang bahenol kae. MINAH ALIAS SUMINAH : bocah iki puancen mesaake uripe, awakke cilik mbekisik umbelen sentrap-sentrup urep meneh, gaweane dolanan debok turot ndeso golek mlinjo uripe pancen nelongso lha piye tha ya, sik minah iki kan anakke leginah. BRAY ALIAS BRINTIK : bocah iki guayane selangit, sekolahe wus SMA dadi ketua koordinator adiwiyata awakke bongsor lemu tur ngeroso seksi wes kurang apa tha? buapakne kepala sekolah puacare dadi ketua OSIS bocahe gualak tur neladung. BEBY ALIAS BABY CINTIYA MAHA DEWI LESTARI PUTRI SUBROTO : bocah ayu iki, anakke pak Broto anakke jendral sugih sawahe jembar-jembar juragan rosok tur kok yo manutan tur randha

Upload: farid-rohman

Post on 25-Jun-2015

9.818 views

Category:

Education


8 download

TRANSCRIPT

Page 1: Drama bahasa jawa

RONDHO KANTIN

Wonten ing kantin satunggaling sekolah terpadu wonten Ngayogyakarta, wonten kalih

tiyang bakul ingkang sampun sami rondho nami nipun Sellyyem kaliyan Leginah.

SALLY ALIAS SALLYYEM : Inggeh menika satunggaling bakul ingkang sampun rondho

nanging taksih ayu kinyis-kinyis wonge manis lambene mlipis bahenol nganggo sepatu jinjit

esemane marakke klepek-klepek pokokke rondho kempling.

GINA ALIAS LEGINAH : Satunggaling bakul kang uripe mlarat wis rondo rupane ireng

anakke umbelen urep meneh, klambine lethek ratau di besut.

MINI ALIAS SUMINI : bocahe cilik dandanane koyo cah cilik tur yo pancen ijeh cilik wong

kelas telu SD. sumini iki pancen rondho gahol ragelem di arani bocah ndeso amergo ngroso

uripe koyo uwong kutho bocah nggaya iki anak tunggale sallyyem kang bahenol kae.

MINAH ALIAS SUMINAH : bocah iki puancen mesaake uripe, awakke cilik mbekisik

umbelen sentrap-sentrup urep meneh, gaweane dolanan debok turot ndeso golek mlinjo uripe

pancen nelongso lha piye tha ya, sik minah iki kan anakke leginah.

BRAY ALIAS BRINTIK : bocah iki guayane selangit, sekolahe wus SMA dadi ketua

koordinator adiwiyata awakke bongsor lemu tur ngeroso seksi wes kurang apa tha? buapakne

kepala sekolah puacare dadi ketua OSIS bocahe gualak tur neladung.

BEBY ALIAS BABY CINTIYA MAHA DEWI LESTARI PUTRI SUBROTO : bocah ayu

iki, anakke pak Broto anakke jendral sugih sawahe jembar-jembar juragan rosok tur kok yo

manutan tur randha petuk . Beby iki pancen konco kentel le brintik saking kentele nganthi

kaya kopi ireng.

ARDO ALIAS HARDONO KASINO INDRO : bakul pitik iki panceng kondang. Awakke

cilik sispek cendhik tur pinter bekelan. Gaweanne nggodani Selly pancen tresno tenan

marang selly.

SAM ALIAS SAMIJO : bocahe gede duwur putih ngguanteng puinter sugeh anakke pak

lurah ketua osis pisan. Ndilalah ketiban tresno marang sii Brintik arep tunangan ning kok

urung duwe KTP.

Dong dong dong oyeee....

Amergo warunge ginah laris sii selly tansah lara ati mrengat-mrengut terus nggresulo

marang hardana.

Ardo : Dek selly, pripun le dodol dinten meniko? Laris to dek???

Page 2: Drama bahasa jawa

Selly : Laris kepiye kang?? sing tuku we iso di itung ,..

Ardo : Lha ono opo to kok ora laris??

Selly : Embuuh,,, kae sik laris malah nggone sii Ginah,, ket mau okeh sek tuku. Emange

masakkanku kurang enak? Opo aku iki kurang ayu??? Padahal sak janjane aku ki

rak yo ayu to kang mas??

Ardo : Ora ora dek,, paling kelarangen, lha yo jelas ayu ngunu kok yo.. nganti koyo

miss yuni peres aku due ide dek, pripun nek supoyo murah, pitikke di ganti wae

nganggo pitek tiren.?

Selly : Pitik tiren kui opo kang mas? la engko nek keconangan piye??

Ardo : Pitik iku lho dek,.. pitek sek mati kemarin utawa bathang,,kui luwih murah

regane, ora wes ora bakal ono sek reti,, sante wae!!

Selly : Tenan lho nag ono opo-opo kang mas melu tanggung jawab.

Ardo : Iyoo, gampang dek. Percoyo to karo aku, si Ardo juragan pitik..

Sawektu istirahat Minah lan Mini podo dolanan bareng.

Minah :(mlayu-mlayu kesandung banjur nangis) Hhhaaa huuuaaa simbookk aku

kesandung...

Mini : (mlayu inil-inil) Cup cup meneng sesok meneh nek mlayu ati-ati ya dalane

dimatke ora sambi merem alah orasah nangis ayo nembang wae karo aku....

Minah : Lha lara je ni mini .. nembang nembang lelagon apa?

Mini : Kae lho lagune sek di tembangke justin biber sek judule Cublak-cublak suweng.

Minah : Opo cublak-cublak suweng kepiye lagune jajal di tembangke aku.

Mini : Iki lho cublak cublak suweng suwenge podho ngglintir sik ngglintir nang

wekaku sek ora ngglintir nang wek amu.

Minah : Sttt stttt salah kui ora ngunu kui kok yo bareng wae yo karo aku le nembang

(Minah lan Mini) Cublak-cublak suweng suwenge teng gelenter omahmu

ketundung gudek pak hempo lela-lelo sek nguyu ndelekake sir sirpong ndelek

kopong sirpong ndelek kopong .

Selly : Mini,,, ewangi Mommy !!! Iki gowo ndono gek di tata kono!!!

Mini : siap mommy ,.. huh ,.. kongkon terus, megai, kapan aku dolan ???

Gina : Nduk cah ayu... mriki nduk simbok di ewangi.

Minah : Inggeh buk, sendika dawuh.

Page 3: Drama bahasa jawa

Gina : Dagangan laris tenan, dadi kerepotan awak iki ora tau leren, alah nduk ngewangi

simbok wae ya rasah dolan.

Minah : Inggeh mbok.

Selly : Diiasar bakol sombong laris pisan wis umok wae gaweane ....

(sii Bray lan Babi melaku mlebu kantin).

Brintik : Ginah buk Ginah Es teh 2 capcus ra suwe-suwe.

Ginah : Nggih mbak,, sekedap nggih.

Beby : Boss bray mbok nak karo wong tuwa kii basa! ngajeni ora ngunu kui.

Brintik : Eee aku kii rak bos mu ta wani wani nee, ... kono njipuk intip kono ngelih aku.

Beby : O iyo lali aku boss.. inggeh boss sendika dawuh.

Brintik : Mangsakane ibukke iki puancen enak ya intipe gurih sotone uenak.

Beby : Inggeeh inggeh leres boss. Es jeruke yo seger, tur anyep.

Brintik : Lha yo, jenenge we yo es..

Mini : Kae-kae boss ee wis teka suerem tenan aku wedi.

Minah : Huuh aku ya wedi.

Mini : Ayo ndelik wae ayok.

Minah : ya ayok...

Sam : Mamiiii...

Brintik : Ee papiii walah neng kantin tha. retio mau bareng kok dingaren ora ngirim BBM

karo aku.

Sam : Ngapunten mii aku lali sibuk iki akeh urusan dadi uwong penting nang sekolah

iki.

Beby : Eee pak boss.. kadingaren ora rapat opo meeting kaliyan pak kepala sekolah ?

Sam : Ora,, urung di bel ko..

Brintik : Ya wis rapopo kene-kene lengguh jejer aku ben romantis.

Sam : Siap mamii.

(telepon muni kriiing-kriing)

Sam : Halo halo Assalamu’alaikum inggeh bapak kepala sekolah inggeh inggeh inggeh

sendika dawuh pak ingggeh.

Brintik : Ana apa papii ?

Sam : Iki pak kepala sekolah jare ana perlu iki babagan kunjungan sekolah adiwiyata..

mamii papi pamit ya miii...

Page 4: Drama bahasa jawa

Brintik : Aku melu aku melu .. Bebii ayo melu ayo cepet... gawakke tasku. tunggu piii

mami melu.

Beby : Tunggu boss,, aku ki yo dienteni..

Mini : Allhamdulillah ya siii Boss wes lunga ... Alllhamdulillah.

Minah : Huuh ya... wedi aku.

Selly : Mini Minii rene tak kandani.. cepet.

Mini : Okee mommy oke ana apa mommy?

Selly : Tak kandani rungokno.. aja seneng dolanan karo sik Minah anakke yu Ginah

bocahe kemproh umbelen sentrap-sentrup...

Mini : Ora kok mommy ora yo Minah kii ora ngunu kui yo mung rondho ireng rondo

lethek randa umbelen tapi kan mung randha mommy.

Selly : Halah podo wae hayo ora ngeyel (Selly njewer Mini) uwes ayo gek di kukuti

gek mbalio sikek.

Mini : Ya manut aku manut ,aku di aniyaya kok piye.

Minah : Aku karo simbok bali sikek ya Mini ... (Minah lan Ginah mlaku arep metu sako

kantin).

Mini : Ayo bareng aku melu... bareng.

Selly : Hayo mau tak kandani opo?.....lali hooh! kandani ngeyel tenan !

Mini : Iyo Mommy iyo....

(Mini Minah Ginah metu metu sako kantin)

Ardo : Dek , niki ayame sampun kula beto!!!

Selly : Sssssttt,.. yo geg di delekke wae!!!kekke kono kae lo!!!

Ardo : Nggeh dek ,.. sendiko dawuh sayangku ,.. di godok sisan ra bek ra ketoro?

Selly : Yo engko wae neng ngomah le nggodok. !

Ardo : Yo ayo, geg di kukuti wes sepi to? Pitikke tak godogke wae,..

Selly : Yo engko dilit!!! Ewangi kene!!!

Ardo : Njih dek,,.

Telung dina sakwise Selly nganggo pitik tiren dagangane dadi lares banget. Selly

ngrasa bungah atine seneng duwetee akeh.

Selly : Seneng tenan aku daganganku laris manis hemm ra koyo dagangane Ginah rra

payu.

Mini : Iyo yo Mommy aku yo seneng banget sanguku di tambahi lho.

Page 5: Drama bahasa jawa

Selly : Beres... sesok awak dewe dadi uwong sek paling sugih nang sekolahan iki

hhhhaa.

Minah : Simbok ra popo yo sek sabar ya mbok sesuk muga-muga dagangane awake dewe

payu.

Ginah : Ora popo kok nok urip pancen kudu sabar.

Selly : Dasar sirik sirik gandeng ora payu.

Mini : Ora ngunu kui ta mom ,.. mom aku ngicipi ya mom aku pingin sarapan mom..

Selly : Aja aja di icipi iki,wes mesti enak wes gek di rampungke le tat tata aku arep

lunga sikek ....

Mini : Mumpung Mommy lunga aku arep nekat maem yo ben aku kan hurung sarapan

(Mini lara weteng)

Brintik mlaku-mlaku menyang kantin arep tilik kahanan kantin sekolah sehat

adiwiyata terpadu. Sekonyong-konyong...

Brintik : Loh ? mini kenopo??

Ginah : Kirangan niki mbak,,, ngerti-ngerti ko muni loro wetenge...

Minah : Aduuuhh kancaku mini... cah cilik,, koe keno opo?

Brintik : Koe kenopo min ??

Mini : Mau aku maem soto nggone ibuk...

Brintik : (ngambu sotone Yu Selly) Ko mambu batang yo ??

woooo yo bener,,, lha wong Yu Selly ki adol soto nganggo pitik tiren.

Ginah : Astaghfirullah... opo iyo ?

Brintik : lha niki mbokdhe... mang tingali.

Ginah : Ckckckck,, woalah iyo.. paringono sabar.

Sam : Ono opo to mi ?? ko rame rame ??

Brintik : iki lho pi,, Yu Selly ki nganggo pitik tiren...

Sam : Opo ?? tenane mi ??

Brintik : Niki gilo papiii..

Sam : Wah,, parah iki. Kedah lapor pak polisi.

Ginah : Betul niku mas...

Beby : Iki ono opo e mbak bos ?

Brintik : Iki lho,, si mini keracunan.

Beby : Hah ? tanggaku wingi ngono kui sorene.... mati.

Page 6: Drama bahasa jawa

Sam : Lha emang tanggamu kenopo ?

Beby : Yo ngono kui.. persiiiss.

Brintik & Sam : weduh ?

Selly : Hahaha,,, ayo neng warungku!! Saiki lariis tenan loo,. Mergane pitik tiren .. haha

Ardo : La kok mok tinggal ki piye? Sopo sek tunggu ?

Selly : Wes di tunggu anakku kok ..

Ardo : Yowes ,, saiki aku pengen ndelok warungmu .. !!!

Selly : Yo ayo,,

Ardo : Lohh,, ono opo kae neng warungmu ug ono wong akeh???

Selly : Weeh ,, hooh je, ono opo yo?? Aku yo rareti ,..

Ardo : Yo geg ndang di tileki! Paling anakmu kuwalahan le adol,..

Selly : Hooh paling,, yo geg ndono,, haha,,, ra sabar aku ,..

Ginah : Lha niku tiyange...

Brintik : Woalah Yu.. njenengan ki ngagem pitik tiren to? Ngertos boten yen pitik tiren

menika boten sehat ?

Ardo : Sopo sek ngomong? Ora gawe-gawe !! opo buktine ?

Sam : Lha niki kula wau nemu pitik tiren wonten lemarine yu selly.

Ardo : Ra percoyo.. lha wong sayangku iki ki seksi tenan ko..

Sedaya : Ra nyambung !!!!

Brintik : Negilo Yu.. mini langsung sakit saksampunipun maem sotone njenengan ?

Selly : Mini !!?? anakku ?!!! Miniiiiiiiiiiiiiiii..!!

Brintik : Ngaku mawon Yu, tinimbang tak laporke polisi !

Beby : Hooh yuu.. ngaku wae tinimbang dilaporke polisi, koe ngko mlebu kunjara lho..

hayoooo

Selly : Mmm..

Sam : ngaku !

Selly : Hikhikhik.. kulo ngaku,, pancen leh kula dodol ngagem pitik tiren..

Sedaya : Apa...??