drama bahasa jawa

11
Ing satunggaling dusun wonten kaluarga bahagia yaiku kaluarganipun Bawang Putih. Nanging bapak Bawang Putih seg wonten tugas luar kota dados Bawang Putih tinggal kaliyan ibune ingkang seg gerah. Wonten kaluarga ingkang mboten seneng kaliyan kaluarga Bawang Putih yaiku kaluarga Bawang Merah. * Dinten enjing Bawang Putih : Enjing bu, kepripun keadaane napa sampun sae? Ibu Kandung : Alhamdulillah lumayan. Bawang Putih : Napa Ibu purun kula ndamelaken bubur? Ibu Kandung : Nggih anakku ... Bawang Putih : Nggih bu, tengge sakejap. Putih ajeng ndamelaken bubur rumiyin. Ibu Kandung : Iya sayang ... Bawang Putih lunga wonten dapur lan nggawe bubur. Sakwise bubur sampun dados, Bawang Putih teras wonten kamar ibune. * Wonten kamar Bawang Putih : Niki bu buburipun sampun dados. Ibu Kandung : Matur nuwun anakku. Bawang Putih : Enakkan bu bubur ndamelanipun Putih? Ibu Kandung : Inggih nak, enak tenan. * Dina sesuke Bawang Merah : Assalamu’alaikum.. (kaliyan ngetuk pintu) Bawang Putih : Wa’alaikum salam, eh Bawang Merah, monggo mlebet. Bawang Merah : Iya, Ibumu ana? Bawang Putih : Wonten, niku seg wonten kamar. Bawang Merah : Aku arep ketemu Ibumu.

Upload: febrianti-nuraisyah

Post on 14-Apr-2016

51 views

Category:

Documents


11 download

DESCRIPTION

Contoh naskah drama

TRANSCRIPT

Page 1: Drama Bahasa Jawa

Ing satunggaling dusun wonten kaluarga bahagia yaiku kaluarganipun Bawang Putih. Nanging bapak Bawang Putih seg wonten tugas luar kota dados Bawang Putih tinggal kaliyan ibune ingkang seg gerah. Wonten kaluarga ingkang mboten seneng kaliyan kaluarga Bawang Putih yaiku kaluarga Bawang Merah.

* Dinten enjing

Bawang Putih : Enjing bu, kepripun keadaane napa sampun sae?

Ibu Kandung : Alhamdulillah lumayan.

Bawang Putih : Napa Ibu purun kula ndamelaken bubur?

Ibu Kandung : Nggih anakku ...

Bawang Putih : Nggih bu, tengge sakejap. Putih ajeng ndamelaken bubur rumiyin.

Ibu Kandung : Iya sayang ...

Bawang Putih lunga wonten dapur lan nggawe bubur. Sakwise bubur sampun dados, Bawang Putih teras wonten kamar ibune.

* Wonten kamar

Bawang Putih : Niki bu buburipun sampun dados.

Ibu Kandung : Matur nuwun anakku.

Bawang Putih : Enakkan bu bubur ndamelanipun Putih?

Ibu Kandung : Inggih nak, enak tenan.

* Dina sesuke

Bawang Merah : Assalamu’alaikum.. (kaliyan ngetuk pintu)

Bawang Putih : Wa’alaikum salam, eh Bawang Merah, monggo mlebet.

Bawang Merah : Iya, Ibumu ana?

Bawang Putih : Wonten, niku seg wonten kamar.

Bawang Merah : Aku arep ketemu Ibumu.

Bawang Putih : Nggih, monggo tak terke.

* Tekan wonten kamaripun ibu

Bawang Putih : Bu, niki Bawang Merah badhe ketemu Ibu.

Bawang Merah : Nggih bi ...

Ibu Kandung : Mriki Merah, Putih lenggah

Bawang Merah : Nggih ...

lan Bawang

Putih

Bawang Merah : Bu, niki Merah Mbetoaken bubur ndamelanipun Ibu Merah.

Page 2: Drama Bahasa Jawa

Ibu Kandung : Repot-repot, matur nuwun nggih. Bibi maem nggih?

Bawang Merah : Nggih bi ...

Bawang Putih : Bu, kulo ijin ngumbaih rumiyin nggih wonten kali? Assalamu’alaikum.

Ibu Kandung : Wa’alaikum salam

lan Bawang

Merah

* Sak lajengipun maem bubur saking Bawang Merah ujug-ujug ibu Bawang Putih kejang-kejang lan akhire ninggal. Bawang Merah langsung lunga ninggalake ibu Bawang Putih sing seg kejang-kejang lan ngabarake meng ibune.

Bawang Merah : Ibu ... Ibu ... Ibune Bawang Putih akhire mati.

Ibu Tiri : Wah tenanan? Kiye kabar sing paling nyenengake (kaliyan ngguyu).

Akhire mati ...

Bawang Merah : hahahaha ...

Ibu Tiri : Ngko tiliki ya, terus ethok-ethok nangis. Gole nangis sing bener kowe

loh!

Bawang Merah : Sip bu ....

* Bawang Putih wangsul saking ngumbaih wonten kali

Bawang Putih : Assalamu’alaikum, Ibu... Ibu, Putih wangsul bu (meng kamar ibune).

Astaghfirullah Ibu, Ibu kenging napa? Aja tinggalake Putih bu ..

Bawang Putih bingung lan panik, terase nelfon bapake sing seg kerja ing luar kota.

* Ing telfon

Bawang Putih : Pak .. Bapak cepet wangsul

Bapak : Wonten napa sih Bawang Putih?

Bawang Putih : Niku pak, Ibu ... Ibu sampun nilar.

Bapak : Innalillahi, Bapak ajeng wangsul. Assalamu’alaikum ...

Bawang Putih : Wa’alaikum salam ...

* Bapakipun Pawang Putih sampun dugi wonten umah.

Bapak : Putih, ibu pundi?

Bawang Putih : (karo nangis) Niku pak wonten kamar.

Ibu Tiri : Putih, kito turut belasungkawa ya ...

Bawang Putih : Nggih bi, matur nuwun.

Page 3: Drama Bahasa Jawa

Bawang Merah : (nangis)

lan Ibu Tiri

* Sakwise pirang wulan, akhire bapak Bawang Putih nikah kaliyan ibu Bawang Merah lan saiki Bawang Putih urip bareng Bawang Merah lan ibu tirine.

Bapak : Putih, sesuk Bapak ana tugas malih nang luar kota, Putih urip sing rukun

ya kaliyan Bawang Merah?

Bawang Putih : Nggih pak, Putih ajeng rukun. Putih nggih sampun anggep mba Bawang

Merah dados mba’e Putih.

Bawang Merah : Iya rayiku ...

* Dina sesuke Bapak Bawang Putih lunga. Lungane Bapak Bawang Putih nggawe Ibu Bawang Merah lan Bawang Merah bungah amarga bisa nyiksa Bawang Putih.

Bawang Putih : Yuk mba, kito masak sareng-sareng!

Bawang Merah : Hah, ra salah krungu? Masak? ngapa aku melu masak, nggawe tanganku

kotor bae, wis nganah masak! (njorogna Bawang Putih).

* Bawang Putih meng dapur karo mikir omongane Bawang Merah. Sakwise masakipun dados, Bawang Putih nyajikna nang meja makan.

Ibu Tiri : Iki masakan apa? kok rasane asin (karo numplekna panganan meng rai

Bawang Putih).

* Ujug-ujug Bapak Bawang Putih wangsul.

Bapak : Assalamu’alaikum ...

* Ibu tiri kaget krungu suara Bapak ngucap salam.

Ibu Tiri : Bawang Putih sageh resiki kabeh sadurung bapakmu ndeleng!

Bawang Putih : Nggih bu ...

Ibu Tiri : Awas kowe ya nek kowe wani ngadu meng bapakmu!

Bapak : Ana apa kiye kok rungseb tenan?

Ibu Tiri : Iki pak, Bawang Putih numplekna panganan amarga kirang ati-ati. Ya

kan Bawang Putih?

Bawang Putih : Nggih pak, Putih nyuwun ngapunten.

Bapak : Ya wis siki resikna. Bapak rep ngaso sik ...

Ibu Tiri : Bapak purun didamelaken kopi?

Bapak : Nggih bu ...

Page 4: Drama Bahasa Jawa

* Ibu nggawe kopi

Ibu Tiri : Niki pak kopinipun.

Bapak : Matur nuwun bu.

* Dina sesuke

Ibu Tiri : Pak, niku Bawang Putih mboten purun ngapa-ngapa. Kerjaane mukur

nyante-nyante tok.

Bapak : Ya wis, mangke Bawang Putih tak omongi.

* Bapak nemoni Bawang Putih

Bapak : Putih, mriki kandani

Bawang Putih : Napa pak?

Bapak : Jere ibu, kowe nang umah ra gelem ngapa-ngapa. Kaya kuwi ya kerjaane

nek ra ana Bapak?

Bawang Putih : (mukur meneng)

Bapak : Deneng ra njawab? Berarti omongane ibu bener ya?

Bawang Putih : (mukur temungkul karo nangis)

Bapak : Putih!!! (nyekel dada amarga penyakit jantunge kumat lan teras tiba).

Bawang Putih : Bapak ... Bapak kenging napa pak?

Ibu Tiri : Putih, kowe ngapakna Bapak? Kowe pengin Bapak cepet mati ya? Ya

wis, sageh gawa Bapak meng kamar?

* Sakwise pirang wulan, amarga ibune kesel ngurusi bapak sing mriyangen. ibu Bawang Merah nuker obat sing asli karo obat liya. Bawang Putih kaya biasane terke obat marang bapak.

* Wonten kamaripun bapak

Bawang Putih : Pak, niki kula mbetoaken obat.

Bapak : Iya, matur nuwun Putih.

Bawang Putih : Nggih pak ...

* Sakwise ngumbe obatipun, bapak kejang-kejang.

Bawang Putih : Pak, Bapak kenging napa? Ibu, mba mriki cepetan ...

Bawang Merah : Bapak, Bapak kenging napa?

lan Ibu Tiri

Ibu Tiri : Putih, kowe ngapakna Bapak?

Page 5: Drama Bahasa Jawa

Bawang Putih : Putih mboten ngertos bu ... (karo nangis).

Sakwise bapak dikubur, Bawang Putih urip dewekan kaliyan siksanipun ibu tiri lan Bawang Merah.

* Enjing niku Bawang Merah ngomel-ngomel

Bawang Merah : Bu ... Ibu ... klambiku kotor kabeh ki, wis ora ana sing bersih, ora ana

sing ngumbaih apa bu?

Ibu Tiri : kowe nangapa sih nduk? Isuk-isuk kok wis ngomel.

Bawang Merah : Ndelo ki bu, klambiku kotor kabeh, mambu maning.

Ibu Tiri : Ndi ndi! Ibu ndelo ... ih iya tenanan kotor kabeh, klambine ibu ya kotor

kabeh. Ndi Putih? Wis-wis ben Ibu sing ngongkon Bawang Putih kon ngumbaih. Putih ...

Putih ... meng ndi sih? Bawang Putih!

* Bawang Putih teka

Bawang Putih : Nggih bu, wonten napa?

Ibu Tiri : Suwe tenan sih, di undang-undang ra nyaut.

Bawang Merah : Ra duwe kuping mbok bu ...

Bawang Putih : Anu bu ... kula seg wonten dapur, seg nggodog wedang.

Ibu Tiri : Alaaah.... alesan bae. Ndelo kiye, kalmbi pada kotor kabeh, ora ana sing

bisa dinggo. Suwe-suwe ora nggo klambi. Saiki kowe lunga meng kali gawa kalmbi iki

lan ora usah kesuen (karo ngontalna klambi kotor meng Bawang Putih).

Bawang Merah : Iki kumbaih kabeh, awas nek ana sing rusak.... sing wangi, ra kesuen!

* Bawang Putih njiot klambine lan langsung lunga meng kali, tekan neng kali Bawang Putih ngumbaih klambine Bawang Merah kalih nembang.

Bawang Putih : Jejel nek wong tuwaku tesih ana, uripku mesti ora sak nelangsa kiye

(selendange kendang).

Pangeran : (ngrungokna suara Bawang Putih nembang, tercengang lan meneng

ngrungokake). Wah suarane merdu tenan... sapa ya iku?

* Ujug-ujug kes adohan keton ibu kandung Bawang Putih, Bawang Putih kaget.

Bawang Putih : Ibu ....

Ibu Kandung : Anakku kudu sabar ngadepi kabeh iki, sabar ya. Kelak kowe bakal

nemuake kebungahan.

* Ujug-ujug bayangan iku lunga

Page 6: Drama Bahasa Jawa

Bawang Putih : Aneh, iku mesti mukur angen-angenku tok (karo nggelengna sirah). Ahh,

aku kudu cepet-cepet bali.

Pangeran : (nemokake selendang nang kali). Iki mesti selendang wong sing

nembang mau. Aku kudu mbalekna.

* Nalika Baang Putih nglewati hutan, Bawang Putih ketemu seorang peri.

Peri : Cah ayu, nangapa tho kok murung. Peri bisa ndelo neng raimu, nek kowe

kepengin nemokake kebungahan, kowe kudu sabar, mbaliko meng ujung kali neng hutan

iki ....

Bawang Putih : Tenanan peri?

Peri : Ngandelo, kowe bakalan nemu kebungahan (peri langsung lunga

ninggalake Bawang Putih).

Bawang Putih : Peri .... (langsung bali meng umah).

* Tekan umah Bawang Putih mbalekna klambi marang Bawang Merah lan ibu tiri.

Bawang Merah : Ihhh .... selendangku ndi? Bawang Putih selendanku ndi? kowe nyolong

ya?

Ibu Tiri : Bawang Putih ndi selendange? kowe iki ngumbaih apa nyolong? kowe

kirangan gombal ya, ngantek kudu nyolong. Pokoke Ibu ora kepengin ngerti, kowe kudu

mbalekna selendang iku!

Bawang Putih : Anu bu, selendangipun kendang kegawa banyu.

Ibu Tiri : Alesan, wis ra usah pasang rai kaya kuwi. Ibu jeleh werueh. Pokoke ibu

geleme selendang iku mbalek.

Bawang Merah : Dasar, bisane ngilangna tok... Kerja ora tau beres.

Ibu Tiri : Wis nganah lunga, dina iki kowe ora ulih jatah maem lan umbe.

* Bawang Putih meng kamar lan nangis ngantek klalen turu* Nang ngimpi bawang Putih ketemu ibune

Ibu Kandung : Bawang Putih kowe nangapa? kok nangis?

Bawang Putih : Mboten napa-napa bu... (karo ngusap banyu mripate).

Ibu Kandung : Aja sedih anakku, sesuk kowe arep ulih kebungahan.

* Ujug-ujug Bawang Putih tangi kes turune karo ngomong

Bawang Putih : Neng ndi kebungahan iku bu?

Page 7: Drama Bahasa Jawa

* Dina sesuke

Ibu Tiri : Putih ....

Bawang Putih : Napa bu .... (njekel sapu)

Ibu Tiri : Wis beres-beres umah runga? Diresik!

Bawang Putih : Niki seg nyapu bu.

Ibu Tiri : Ya wis, sing resik, terus ngko kari nggoleti selendang sing ilang! Cepetan. ora

usah lelet, kaya keong bae.

Bawang Putih : Nggih bu ....

* Bawang Putih meng kali nggoleti selendang iku

Pangeran : Napa iki selendangmu? (ngecungna selendange)

Bawang Putih : Nggih, niki selendangku ingkang ical.

Pangeran : Sapa asmamu cah ayu?

Bawang Putih : Bawang Putih, Pangeran.

Pangeran : Bawang Putih? Tenanan sampeyan Bawang Putih.

Bawang Putih : Tenanan ...

Pangeran : Tenanan, aku bakalan mbeto kowe marang istanaku.

Bawang Putih : Nanging, kula kudu ijin rumiyin kaliyan ibu.

Pangeran : Nggih, kula ajeng ngeterake kowe ngge nyuwun ijin.

* Bawang Putih lan Pangeran meng umah. Tekan umah ....

Ibu Tiri : Bawang Putih, ndi bae kowe, sapa wong lanang iku?

Bawang Merah : Ndi selendangku?

Bawang Putih : Iki mba ...

Pangeran : Bu, kula mriki ajeng nyuwun ijin ngge nglamar Bawang Putih.

Bawang Merah : Enak bae, iku ora bakal Bawang Putih!

Bawang Putih : Nanging mba .......

Bawang Merah : Kowe ra bakal bisa nikah sadurung aku.

Ibu Tiri : Iya, enak bae kowe ya Bawang Putih, terus sapa sing arep ngurus umah kiye

maning?

Pangeran : Wis-wis, kula ajeng ngajak ibu lan Bawang Merah manggon neng istanaku.

Bawang Putih : Tenanan? Matur nuwun Pangeranku.

Pangeran : Iya Bawang Putih ...

Page 8: Drama Bahasa Jawa

Akhire Pangeran lan Bawang Putih urip kalanggengan bungah neng istana.