bahasa jawa 7 smt2 final 1 2013 pdf

5
Mata pelajaran : Bahasa Daerah Hari,tgl : 2013 Kelas : 7 ( Tujuh ) Waktu : 120 Menit ** MANUK EMPRIT LAN KIDANG **  A na m a nuk Em p r it s a jo dh o ur ip e a y e m ten tr em. S a n a ja n du w e a n a k c il ik - c ilik, nan g in g ora ruman g s a s um e lan g in g bab pangane. Nanging kahanan kaya mangkono mau enggal owah. Nalika dheweke weruh sing duwe sawah niliki parine karo ngobong merang ing pojokan Ing sacedhake kono ana kidang lagi golek pangan , mula emprit enggal njaluk pitulungan. Kabeneran kidang mau nemu akal lan ngandhani emprit ora perlu susah, dheweke bakal bisa menehi pitulungan. Pinuju sawijining dina, nalika kidang golek pangan ing tegalan, tanpa kenyana-nyana sikile kena jaring. Kidang sambat-sambat kanthi melas asih. Emprit kang lagi gojeg karo anak-anake menehi pitulungan, jaringe diuculi lan enggal mulih. Kidang mencolot nggendring nggoleki Emprit mitrane kanggo ngaturake panuwun. Pilihen jawaban sing kok anggep paling bener ! 01. D ongen g ing ndh uw ur kalebu jenis donge ng ..... a. Legenda b. Mite c. Sage d. Fabel 02. Pesen m oral kang ana ing ndh uwu r yaiku ........ a. Urip kudu tul ung tinulung c. Tans ah njaluk pitulungan b. Kudu nrima kebecikan d. Tansah sumelang anane bebaya 03. Kidang sam bat-samb at m elas am arga ........ a. Am arga duw e anak cilik-cilik c. Am arga sikile kena jaring b. Amarga parine diobong si ng duwe sawah d. Amarga ora ana sing men ehi pitulungan 04. Sap a sing njaluk tulung karo Kidan g kang lagi golek pan gan ? a. gaga k b. Kutut c. Em prit d. Prenjak 05. M anuk em prit sajodho uripe ‘ayem tentrem’. Tembung ‘ayem tentrem’ kalebu tembung ...... a. Entar b. Saroja c. Lingga d. G arba 06. Bap ak m undh ut gudheg lan salak pond hoh. Tem bung sigeg a ntep yaiku ........ a. Bapak b. Mun dhut c. Gud heg d. Salak 07. Bap ak duka s ebab ko thak sing disimp en dipanga n rayap. Kang ora kalubu temb ung sigeg en theng ing ukata iku ........ a. Bapak b. Sebab c. Kothak d. Rayap 08. Tuladha ne tembu ng s igeg an tep yaiku ...... a. Srege p , jilbab b. Ru sak , gedh eg c. Ng adeg , rehab d. Salep , klel ep 09. Saben dinten P ak G uru rawuh jam ene m. Ukara iku ng anggo basa ..... a. Ngoko alus b. Ngoko lugu c. Krama alus d. Krama lugu 10. Griyanipun P ak B akri sae sa nget . uka ra iku ng anggo basa ...... a. Ngoko alus b. Ngoko lugu c. Krama alus d. Krama lugu 11. Ayo mam pir i ng oma hku dhisik. Yendidadekake basa krama kang bener yaiku ..... a. Ma ngga pinarak wo nten griya kula rumiyin c. Ayo pinarak ten griya kula rumiyin b. Ma ngga pinarak ten dalem kula rumiyin d. Ayo pinarak ten dalem kula rumiyin 12. Kang kalebu tembang dolanan yaiku a. Asm aradana b. Pangkur c. Dhandh anggula d. Cublak-cublak suweng 13. Tem bung k ang p anulise ngang go tanda c akra yen d itulis Jaw a yaiku .... a.trenyuh b. Ma dyam a c. Patra d. Kreteg 14. Basa kang ora kacampuran tembung tembung krama inggil tumrap wo ng sing diajak guneman iku diarani . .... a. Basa ngoko lugu b. Basa ngoko alus c. Basa krama lugu d. Basa krama alus

Upload: emanuel-adhit

Post on 14-Oct-2015

270 views

Category:

Documents


3 download

DESCRIPTION

pdf jawa

TRANSCRIPT

  • Mata pelajaran : Bahasa Daerah Hari,tgl : 2013 Kelas : 7 ( Tujuh ) Waktu : 120 Menit

    ** MANUK EMPRIT LAN KIDANG **

    Ana manuk Emprit sajodho uripe ayem tentrem. Sanajan duwe anak cilik-cilik, nanging ora rumangsa sumelang ing bab pangane. Nanging kahanan kaya mangkono mau enggal owah. Nalika dheweke weruh sing duwe sawah niliki parine karo ngobong merang ing pojokan Ing sacedhake kono ana kidang lagi golek pangan , mula emprit enggal njaluk pitulungan. Kabeneran kidang mau nemu akal lan ngandhani emprit ora perlu susah, dheweke bakal bisa menehi pitulungan. Pinuju sawijining dina, nalika kidang golek pangan ing tegalan, tanpa kenyana-nyana sikile kena jaring. Kidang sambat-sambat kanthi melas asih. Emprit kang lagi gojeg karo anak-anake menehi pitulungan, jaringe diuculi lan enggal mulih. Kidang mencolot nggendring nggoleki Emprit mitrane kanggo ngaturake panuwun. Pilihen jawaban sing kok anggep paling bener ! 01. Dongeng ing ndhuwur kalebu jenis dongeng ..... a. Legenda b. Mite c. Sage d. Fabel 02. Pesen moral kang ana ing ndhuwur yaiku ........ a. Urip kudu tulung tinulung c. Tansah njaluk pitulungan b. Kudu nrima kebecikan d. Tansah sumelang anane bebaya 03. Kidang sambat-sambat melas amarga ........ a. Amarga duwe anak cilik-cilik c. Amarga sikile kena jaring b. Amarga parine diobong sing duwe sawah d. Amarga ora ana sing menehi pitulungan 04. Sapa sing njaluk tulung karo Kidang kang lagi golek pangan ? a. gagak b. Kutut c. Emprit d. Prenjak 05. Manuk emprit sajodho uripe ayem tentrem. Tembung ayem tentrem kalebu tembung ...... a. Entar b. Saroja c. Lingga d. Garba 06. Bapak mundhut gudheg lan salak pondhoh. Tembung sigeg antep yaiku ........ a. Bapak b. Mundhut c. Gudheg d. Salak 07. Bapak duka sebab kothak sing disimpen dipangan rayap. Kang ora kalubu tembung sigeg entheng ing ukata iku ........ a. Bapak b. Sebab c. Kothak d. Rayap 08. Tuladhane tembung sigeg antep yaiku ...... a. Sregep , jilbab b. Rusak , gedheg c. Ngadeg , rehab d. Salep , klelep 09. Saben dinten Pak Guru rawuh jam enem. Ukara iku nganggo basa ..... a. Ngoko alus b. Ngoko lugu c. Krama alus d. Krama lugu 10. Griyanipun Pak Bakri sae sanget . ukara iku nganggo basa ...... a. Ngoko alus b. Ngoko lugu c. Krama alus d. Krama lugu 11. Ayo mampir ing omahku dhisik. Yendidadekake basa krama kang bener yaiku ..... a. Mangga pinarak wonten griya kula rumiyin c. Ayo pinarak ten griya kula rumiyin b. Mangga pinarak ten dalem kula rumiyin d. Ayo pinarak ten dalem kula rumiyin 12. Kang kalebu tembang dolanan yaiku a. Asmaradana b. Pangkur c. Dhandhanggula d. Cublak-cublak suweng 13. Tembung kang panulise nganggo tanda cakra yen ditulis Jawa yaiku .... a.trenyuh b. Madyama c. Patra d. Kreteg 14. Basa kang ora kacampuran tembung tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman iku diarani ..... a. Basa ngoko lugu b. Basa ngoko alus c. Basa krama lugu d. Basa krama alus 15. Basa ngoko sing kacampuran tembung tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman iku diarani .... a. Basa krama inggil b. Basa krama alus c. Basa ngoko alus d. Basa ngoko lugu

  • 16. Panjenengan dhek wingi kondur karo sapa ? Tuladha ukara ing dhuwur nganggo basa ...... a. Ngoko alus b. Ngoko lugu c. Krama lugu d. Krama alus 17. Basa krama sing tembung-tembunge lugu lan ora kacampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing di ajak guneman iku arane ....... a. Basa krama inggil b. Basa krama alus c. Basa krama madya d. Basa krama kramantara 18. Tuladha ukara ing ngisor iki sing migunakake basa krama lugu yaiku ..... a. Panjenengan kala wingi tindhak pundi ? c. Panjenengan sesuk tinghak Jarata jam pira ? b. sampeyan wau dalu tilem jam pinten ? d. Sampeyan apa wis dhahar sarapan ? 19. Dina Selasa wayahe pelajaran basa Jawa. Kabeh muride padha nggatekake. Bu guru ..........aku lan kanca-kancaku supaya sregep sinau. Tembung sing mathuk kanggo njangkepi ukara iku ............... a. Ngongkon b. Ngengken c. Ndhawuhi d. Dipun utus 20. Bu Hesti saka pasarnggawa beras , gula lan endog. Ukara kasebut yen diowahi nganggo basa krama alus yaiku ..... a. Bu Hesti saking peken mbeta uwos , gendhis lan tigan b. Bu Hesti saking peken mbeta beras , gendis kaliyan tigan c. Bu Hesti saking pasar ngasta beras , gula lan tigan d. Bu Hesti saking pasar ngasta uwos , gendhis lan tigan 21. Sing migunakake basa ngoko lugu yaiku ....... a. Anak marang wong sing luwih tuwa c. Bocah padha bocah sing wis raket b. Wong pangkat marang wong pangkat d. Pembantu marang majikane 22. Dhek wingi mas Sartono arep lunga menyang Kediri. Ukara iku nganggo basa ..... a. Ngoko lugu b. Ngoko madya c. Krama alus d. Krama inggil 23. Sing diarani pacelathon yaiku .......... a. Omong-omongan antarane wong siji lan sijine c. Omong saka batine dhewe b. Omong-omongan kang nganggo narasumber d. Omong ing ngarepe wong akeh 24. Basa kang digunakake ing pacelaton anak marang bapak iku kudune ....... a. Sakarepe dhewe b. Basa ngoko c. Basa krama d. Manut aturane 25. Unsur pacelaton 5W-1H yaiku ...... a. Sapa , kapan , ing endi , kepriye c. Kapan , sapa bae , ing endi , ngapa b. Apa , sapa , kapan , ngapa , ing endi , kepriye d. Ngapa , apa , sapa , ing endi , kepriye 26. Basa ngoko lugu digunakake dening .......... a. Wong nom marang wong tuwa c. Adhi marang kakangne b. Andhahan marang atasan d. Wong kang wis kulina 27. Titikane basa ngoko alus ....... a. Ater-ater dikramakke b. Panambang dikramakke c. Aku dadi dalem d. Kowe dadi panjenengan 28. Titikane basa krama lugu ................ a. Aku dadi kula b. Kowe dadi sampeyan c. Basa krama lan ngoko d. Panambang dikramakake 29. Ibu nimbali kula supaya mulih dhisik. Basa kang digunakake ing ukara iku ....... a. Basa ngoko b. Basa ngoko alus c. Basa krama lugu d. Basa krama alus 30. ukara kang nganggo basa krama alus yaiku...... a. Kula arep tindak menyang sekolah sapunika c. Ibu ngomong karo Simbah ingkang saweg dhahar b. Kula badhe bidhal sekolah enjang punika d. Bapak maos koran karo dhahar roti in teras ngajeng 31. Wong iku yen mertamu ora duwe tata krama amarga ..... a. Ora uluk salam b. Ora gelem matur nuwun c. Ora karo kancane d. Ora nggawa panganan 32. Panganggone basa krama kang bener ana ing ukara ......... a. Rina mboten mlebet sekolah amargi gerah c. Nalika Ibu rawuh kula nembe siram b. dalem kula tebih saking sekolahan d. Kula badhe ningali pameran buku 33. Unen-unen Ajining dhiri dumunung ana ing lathi ateges a. omongan iku gumantung ing ati c. Ajining dhiri gumantung ana ing omongan b. Guneman iku gumantung ing omongan d. Ajining dhiri gumantung ana ing ati 34. Panjenengan mengko arep rawuh jam pira ? Ukara iku nganggo basa .......... a. Ngoko lugu b. Ngoko alus c. Krama lugu d. Krama alus 35. Tata carane guneman miturut unggah-ungguhing basa jawa ........ a. Nganggo basa ngoko yen guneman karo sing luwih tuwa c. Nganggo basa krama marang sing enom b. Nganggo basa ngoko marang sing luwih enom d. Naganggo basa ngoko andhap marang sing luwih tuwa

  • 36. Bapak lagi bae nesu. Ukara kasebut yen disalin basa krama alus ............ a. Bapak lagi bae duka c. Bapak saweg kemawon duka b. Bapak saweg kemawon nesu d. Bapak lagi kemawon duka 37. Panganggone basa krama alus kang bener .... a. Adik docaosi permen c. Bapak lagi bae rawuh saka kantor b. Eyang badhe dhahar enjing d. Ibu arep tindak pasar 38. Pak lurah nembe kemawon rawuh. Ukara kasebut yen disalin basa ngoko lugu ............... a. Pak lurah nembe bae rawuh c. Pak lurah lagi bae rawuh b. Pak lurah lagi bae lunga d. Pak lurah lagi bae teka 39. Ing unggah-ungguhing basa Jawa anak marang wong tuwa migunakake basa ? a. Krama lugu b. Krama alus c. Ngoko alus d. Ngoko lugu 40. Kowe mengko mulih jam pira ? Yen disalin basa krama alus ............ a. Sampeyan mangke kondur jam pinten ? c. Panjenengan mengko kondur jam pira ? b. Panjenengan mengke kondur jam pira ? d. Panjenengan mangke kondur jam pinten ? BIYUNGKU KANG ORA NATE NANGIS Tanpa swara Sliramu terus lumayu Nantang tumiyuping angin ketiga Mung kanggo nyabrangake ilining toya Nurut lurung dharma kang kapenthang sansaya dawa Tanpa swara Sliranu terus lumayu Tanpa maelu cacahe tatu kang Terus nambah saben wektu Kanti kringet lan luhmu Mbaka siji para putramu Kok lantarake nyabrang samodra geni Biyung aku wenehana wektu Kanggo ngabekti Randukuning, 29 Juli 2007 Isngadi Marwah Atmadja 41. Isine geguritan ing dhuwur yaiku ..... a. Anak kang tansah ngabekti marang wong tuwa b. Anak kang tansah wani marang wong tuwa c. Wong tuwa kang akeh banget jasane tumrap anak d. Wong tuwa kang mbelani anak 42. Pesen moral kang bisa dijupuk saka geguritan ing dhuwur yaiku ..... a. Wong tuwa kudhu menehi tuladha kang becik marang anak b. Wong tuwa kudhu nglaksanakake kewajiban marang anak c. Anak kudu tansah bekti marang wong tuwa,amarga jasane wong tuwa ora bisa kaetung d. Anak kudu eling marang wong tuwane 43. Tembung nyabrang samodra geni ing gegurutan ndhuwur tegese .... a. Nyabrang laut b. Ngliwati geni c. Ngadhepi pacobaning urip d. Ngadhepi laut lan geni 44. Opo judul geguritan ing ndhuwur ..... a. Biyungku kang ora nate ngguyu c. Biyungku kang ora nate susah b. Biyungku kang ora nate nangis d. Biyungku kang ura tahu bungah 45. Sapa pangripta geguritan Biyungku kang ora nate nangis a. Isngadi Marwah atmadja c. Isngadi atmadja marwah b. Marwah isngadi atmaja d. Atmaja isngadi marwah

  • 46. Wayang wong , yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ..... a. c. b. d. 47. Pasar sore , yen ditulis jawa yaiku .......... a. c. b. d. 48. Tembung kopyah yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ...... a. c. b. d. 49. Tembung krupuk yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ..... a. c. b. d. 50. Tembung kroto yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku ..... a. c. b. d.