sesorah b.jawa mc dan pengisinya

Upload: novi-hervianti-putri

Post on 10-Feb-2018

254 views

Category:

Documents


0 download

TRANSCRIPT

  • 7/22/2019 Sesorah b.jawa Mc Dan Pengisinya

    1/5

    Tugas Pidhato Basa Jawi

    Oleh :

    Aziz Setiawan ( 10 ) Barkah Subaryanto ( 11 ) Dwi Kusumaningtyas ( 15 ) Novi Hervianti Putri ( 24 )

    Tahun Ajaran

    XI IPA 6

    2013/2014

  • 7/22/2019 Sesorah b.jawa Mc Dan Pengisinya

    2/5

    Nama : Novi Hervianti PutriKelas : XI IPA 6

    No : 24

    Susunan Acara

    Assalamualaikum Wr.Wb

    Innalillahi wainnalillahirojiun

    Nuwun, ingkang dhahat kinurmatan Perwakilan Dinas Dikpora Kecamatan Padureso.

    Ingkang kawulo hormati Bapak Kepala Desa Rahayu, saha para para rawuh.

    Para Pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh, saha para takziyah ingkang dhahat

    kinurmatan, puji syukur sumonggo kita aturaken dumateng ngarsanipun Allah SWT dene ing

    wekdal menika kita tansah pinaringan sehat wal alfiat.

    Para takziyah, atur uninga reroncening acara ingkang sampun rinancang inggih menika:

    1. Pambuka2. Atur pambagya saking kaluarga3. Tanggap sabda saking perwakilan Dinas Dikpora Kecamatan Padureso4. Tanggap sabda saking sesepuh pangarsanipun dhusun Rahayu5. Donga kagem almarhum6. Pungkasan; PanutupPara pembela sungkawa ingkang minulya, minangka pambukaning acara ingkang

    kalenggahan menika sumonggo sesarengan dedonga kanthi waosan basmalah.

    Bismillahirrohmannirrohiim.

    Acara ingkang angka kalih inggih menika atur pambagya saking kaluarga panandang

    ingkang badhe dipun sarirani dening panjenenganipun bapak Barkah Subaryanto. Dhumateng bapak

    Barkah Subaryanto kulo sumonggohaken ....

    Mekaten para takziyah tanggap sabda saking bapak Barkah Subaryanto. Dhumateng bapak

    Subaryanto kulo aturaken agungin panuwun.

    Salajengipun inggih menika tanggap sabda saking perwakilan Dinas Dikpora Kecamatan

    Padureso. Dhumateng bapak Aziz Setiawan wekdal sumonggo katur. ... ...Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan, sampun purna paring pangandikan saking saking

    pangjenenganipun bapak Aziz Setiawan minangka wakilipun saking Dinas Dikpora Kecamatan

    Padureso. Agungin panuwun ingkang tanpa pepindhan.

    Ndungkap acara ingkang angka sekawan inggih menika tanggap sabda saking sesepuh

    pangarsanipun dhusun rahayu inggih menika Ibu Dwi Kusumaningtyas. Dhumateng Ibu Dwi

    Kusumaningtyas kulo sumonggohaken.

    Agunging panuwun dhumateng panjenenganipun Ibu Dwi Kusumaningtyas. Mugi-mugi

    paringipun pangandikan saged dados panglipur tumraping keluarga panandang.

    Dhumateng para kadang wiraanem, kasuwun pambiyantunipun keparenga tumuten

    ngedalaken jenazah saking dalem sungkawa lajeng kendel sawetawis wonten ngajeng wisma,

    ngrantu upacara salajengipun.

  • 7/22/2019 Sesorah b.jawa Mc Dan Pengisinya

    3/5

    Tataran upacara ingkang salajengipun inggih menika donga badhe bidhaling jenazah, dening

    panjenenganipun Uztad Syaefuddin. Wekdal sumonggo katur.

    Sampun ndungkap purnaning acara kalenggahan menika. Sumonggo dipun pungkasi kanthi

    sesarengan maos hamdalah. Alhamdulillahhirobilalamin

    Dhumateng sanak sedherek, tanggi pepalih, para takziyah ingkang sampun paring

    pambiyantu awujud dana, bau, sah igunh pratikel saking kaluarga sanget ngaturaken agunginpanuun. Mugi amal sae bapak lan ibu sedoyo katampi dening Allah SWT.

    Pramila, mbokbilih anggenkulo nggayahi jejibahan kathah atur saha patrap ingkang kirang

    mranani, keparengan sedaya paring agunging samudra pangaksami.

    Wassalamualaikum warahmatullahiwabarakatuh

  • 7/22/2019 Sesorah b.jawa Mc Dan Pengisinya

    4/5

    Nama : Barkah Subaryanto

    Kelas : XI IPA 6

    No : 11

    Atur Pambagya Saking Kaluarga

    Assalamualaikum

    Sagung muazziyin muazziyat ingkang kulo mulyaaken

    Keparengo kulo matur wonten mriki minongko sesulih saking keluargo almarhum Bapak Abdullah

    Zainie.

    Kaping setunggal monggo sesarengan memuji wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun

    paring sedayanipun dumateng kula lan panjenegan sedaya, satemah kita saged paring pakhurmataningkang pungkasan kagem almarhum Bapak Abdullah Zainie

    Shalawat ugi salam mugi-mugi katetepaken dumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SWT

    sumrambah dumateng keluarganipun, shahabatipun, lan sedoyo penderrekipun kalebet kulo

    panjenengan sami ingkang kita wantu-wantu syafaatipun wonten yaumul qiyamah.

    Salajengipun ing ngriki kula minangkani sesulih saking kulawarga ingkang nembe nandhang dhuka,

    ngaturaken sugeng rawuh saha atur panuwun ingkang tanpa upami, awit panjenengan sedaya

    ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal, saperlu rawuh asung bela sungkawa, sarta paring

    pakurmatan ingkang pungkasan dhumateng sedanipun almarhum Bapak Abdullah Zainie.

    Selajengipun sedaya keluarga lan putra wayah ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami

    dumateng para muazziyin muazziyat ingkang sampun paring donga pangstu lan paring pambiyantu

    arupi punapa kemawon ingkang saged ngenteng-entengi bot repotipun anggen keluargo lan putro

    wayah ingkang nembe nandang prihatos.

    Mbok bilih almarhum Abdullah Zainie kagungan ingkang gegayutan kalayan hak-hak arupi sambet

    sinambet kalayan poro muazziyin lan muazziyat kulo aturi enggal rerembagan langsung dumateng

    keluarga, hananging manawi poro muazziyin lan muazziyat lilo lan ngikhlasaken dumatengalmarhumah ibu Hadi SujaI amargi sesambetan kala wau, keluarga ngaturaken gunging panuwun

    ingkang tanpo pepindan.

    Pungkasan ingkang kula pribadi anggenipun matur temtu wonten kalepatanipun mugi-mugi sedoyo

    poro asung pambelo sungkowo mboten kirang ing pamengku

    Billahittafiq wal hidayah Wassalamualaikum Wr. Wb.

  • 7/22/2019 Sesorah b.jawa Mc Dan Pengisinya

    5/5

    Nama : Aziz Setiawan

    Kelas : XI IPA 6

    No : 10

    Tanggap Sabda Wakil Dinas Dikpora

    Assalamualikum wr.wb

    Innalilahi wa innalilahi rajiun

    Innalilahi wa innalilahi rajiun

    Innalilahi wa innalilahi rajiun

    Ingkang kula tresnani Ibu Hjh. Siti Nurainah lan keluarga besaripun Alm. Bapak Hj

    Abdullah Zainie S.Pd. ingkang kinurmatan wakil Kepala Desa Rahayu Padureso, Kebumen. Ibu

    Dwi Kusumaningtyas. Lan poro rawuh ingkang kulo hormati.

    Langkung rumiyin sumangga sesarengan ngonjukaken puji syukur dhumateng Allah SWT,

    satemah ing enjing menika kita sedaya saged makempal wonten dalemipun Bp. Hj. Abdullah Zainie

    minangka acara penguntaban jenazah, piyambakipun seda kala wau ndalu antawisipun jam 8 dalu

    amargi gerah. Nilaripun piyambakipun ngagetaken karyawan lan kanca kerja wonten kantor. Kula

    sanget kaget midhanget kabar Bp. Abdullah nilar donya. Piyambakipun sae sanget marang kula lan

    kanca-kancane, wonten lingkungan kantor menika.

    Para rawuh ingkang kinurmatan

    Saklaminipun gesang, Bp. Abdullah pedalemanipun sregep lan sae. Sanesipun menika bp.

    Abdullah ugi pedamel ingkang sregep. Piyambakipun mbeto nami sae dinas Pendidikan KecamatanPrembun wonten negari Indonesia lan donya. Kula minangka wakil saking Dinas Pendidikan Lan

    Pemuda (DIKPORA) ngaturaken maturnuwun sanget dhumateng bp. Abdullah, minagka nyambut

    damel saestu lan mbeto name Dinas Dikpora.

    Para rawuh ingkang kinurmatan

    Sumangga kulo lan panjenengan sedaya nyuwun pangestu kaliyan Gusti Allah SWT

    ingkang Maha Kuwaos. Mugi-mugi amal lan ibadahipun di tampi ing sisinipun ingkang Maha

    Kuwaos. Lan mugi-mugi kesaenan piyambakipun ditampi ingkang Allah SWT. Allahumma

    Amiinn

    Wusana cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten klenta klentunipun kula nyuwunagunging pangapunten.

    Wassalamualikum wr.wb