ringkesan jawa xi gasal

Download Ringkesan Jawa Xi Gasal

If you can't read please download the document

Upload: joko-lelur

Post on 12-Dec-2015

539 views

Category:

Documents


219 download

DESCRIPTION

materi bahasa jawa

TRANSCRIPT

" TATA KRAMA "A.NgrungoakeNgrungokake iku beda karo krunguNgrungokake iku sengaja. Cipta, rasa, karsa mbudidaya mangerteni surasane utawa amanahe kang dirungu saka wong liya. Dene krungu mono ora sengaja lan ora butuh mangerteni apa surasane utawa amanahe.Ing bebrayan agung kerep ngrungokake uwong khotbah utawa pidhato. Tujuwam lan surasane kajumbuhake karo kabutuhan lan papane. Menawa ngrungokake khotbah utawa pidhato paling ora bisa mangerteni limang prakara kang wigati:1. Sapa sing khotbah2. Kapan kedadeyane3. Apa isine4. Ing endi kedadeyane5. Kepriye pidhatoneDipun waos gurunipun piyambak utawi ndhawuhi siswa supados maos kanthi cetha, tatas, titis.Para siswa sanesipun mirengaken kanthi permati.Bismilahir rahmannir rakhim.Assalamualaikum Wr. Wb.Para siswa sing daktresnani lan tak gadhang-gadhang. Luwih dhisik ayo muji syukur konjuk ngarsane Gusti kang Maha Asih lan Maha Agung, kang tansah maringi berkah marang kabeh titah, kalebu aku, ibu bapak guru lan bocah-bocah,saengga bisa nindakake kegiatan sekolah kanthi ati kang bungah.Aku minangka kepala sekolah SMA N 1 Sukorejo rumangsa mongkok bombong. Bocah-bocah wis bisa gotong royong tumandang gawe, mengeti dina kang tansah dadi pengeling-eling tumprap bangsa Indonesia yaiku dina kelahiran negara kita.Kamardikan Indonesia minangka asile para leluhur kang berjuang mbebasake bangsa lan negara Indonesia saka cengkeremane penjajah. Kamardikan negara kita kanthi banten jiwa raga. Tanpa wilangan cacahe banten padha gugur mungsuh penjajah kanggo nggayuh kamardikan. Ing wengi iki prayoga banget dianakake malem tirakatan malem 17 an. Kegiatan iki penting kanggo ngeling-eling para leluhur, para pejuang anggone mbudidaya nggayuh kamardikan. Acara iki kanggo nglimbang-nglimbang sepira gedhe lan luhure lelabuhan kanggo gluwari negara kita saka cengkeremane penjajah.Menawa jaman semana para pejuang wis ngorbanake jiwa raga kanggo nggayuh kamardikan. Banjur apa kang kudu ditindakake awake dhewe saiki? Kowe kabeh kudu mbudidaya supaya kamardikan kita iki ora uwal maneh. Carane ora kudu perang kaya para leluhur,pejuang 64 taun kepungkur. Kowe kabeh kudu bisa nggunakake lan ngisi kamardikan kanthi becik manut kuwajibane dhewe-dhewe.Amarga kowe kabeh isih sekolah, cukup ngulinakake sinau kanthi sregep lan becik.Pelajar kuwajibane belajar, sinau sing sregep. Gegayuhan bisa kasembadan menawa disranani pambududaya kanthi temen. Duwe panggayuh kudu digayuh, duwe panjangka kudu dijangkah, marga kepenak iku ora bisa teka dhewe. Dadi siswa aja kakehan sembrana, dolan ora karuwan. Yen kakeyan dolan awak kesel dadine lesu sinau. Wektune entek ora ana wektu kanggo sinau. Yen nonton TV kudu bisa milah lan milih, endi sing prayoga ditonton, endi sing ora pantes ditonton. Tayangan TV ora kabeh migunani. Ana tayangan Tv sing grusak moral. Contone marga nonton TV banjur tiru tingkah polahe. Kamangka sing ditiru iku paraga kang ninggal kasusilan, tundhone dadi rerasanan wong akeh. Bocah, kebo dicacah.Tumprape bocah isih seneng neniru apa sing dideleng sing penting seneng. Mula padhaa sregep sinau supaya dadi wong kang migunani tumprap nusa bangsa. Aja mung migunani kanggo pribadine dhewe.Welingku kanggo para siswa, aja nganti uwal saka gegayuhan. Kabeh padha ngrasakake yen godhane akeh. Kaanan saiki padha ngumbar kasukan, kadonyan, kanepson, tumindak nuruti karepe dhewe, kala mangsane ninggal kasusilan lan kamanungsan. Tuladhane, merjaya uwong nganggo cara mutilasi. Mrawasa bocah kang durung umur. Njarah rayah lan ngrusak barang-barang sawiyah-wiyah.Mula pangarep-arepku kanggo para siswa. Kowe mbesuk bakal nggenteni mranata negara lan bangsa iki, idham-idhaman wujud katentreman, karaharjan, keadilan bangsa lan negara iki bisa kasembadan.Damar mancung, cinupet cukup semene dhisik minangka sesorah ing wengi iki, muga-muga ana manfaate.Wassalamualaikum Wr. Wb.TAGIHAN MIRENGAKENWenehana tandha ping (X) ing ngarep jawaban sing bener!1. Mirengaken iku kegiyatan kang tujuane mangerteni ....a. isi surasaned. isi suwaraneb. bahasane e. paraganec. kapribadene2. Sapa sing khotbah mau bengi? Sapa iku tembung pitakon, nakokake .....a. barang d. pawonganb. kaanan e. cacahc. panggonan3. .................... luwih dhisik ayo padha muji syukur ing ngarsane Gusti Allah, ................Ukara mau pantes minangka .....a. surasa basa d. wasana basab. purwaka e. panutupc. isi4. Nitik unggah-ungguhe, pidhato mau migunakake basa ..............a. gaul d. kasarb. ngoko alus e. padinanc. ngoko lugu5. Ingkang pidhato wau jejeripun minganhka ......a. guru pawiyatan d. ketua karang tarunab. Kepala Desa e. Kepala Sekolahc. Ketua RT6. Bapak Kepala Sekolah, anggenipun sesorah rikala....a. Tirakatan malem 17 an d. Pengetan sekolah SMAb. Mahargya dinten Kamardikan e. Mahargya didnen perpisahanc. Pilihan pengurus Karang Taruna7. Ing pada sekawan Bapak Kepala Sekolah pesen menapa dhateng pasa siswa?a. Kudu bisa nggunakake wektu kanggo nonton TVb. Kudu bisa ngulinakake sinau kanthi becik.c. Kudu bisa nglelimbang luhure lelabuhan.d. Kudu rumangsa mongkok lan bombong.e. Bisa ngeling-eling perjuwangane para leluhur.8. Menawi ningali TV kedah saged milah lan milih tayangan. Maksudipun milah lan milih tayangan, inggih menika...a. Saged milih wekdal ingkang cocog kangge ningali TV. b. Saged milih pundi tayangan ingkang sae lan migunani.c. Saged mbagi wekdal nonton TV kaliyan sinau.d. Saged niru sedaya tayangan saking TV ingkang wonten.e. Saged milih tayangan ingkang gremenaken piyambak.9. Menapa pengajeng-ajengipun Kepala Sekolah kangge siswanipun?a. Saged nggentosi mranata negari lan mujudaken idham-idhamanipun bangsa lan negari.b. Saged manggul bedhil lan maju perang mengsah penjajah.c. Saged ngumbar kasukan lan kadonyan lan ninggal kasusilan.d. Saged dados tiyang ingkang migunani kangge pribadinipun piyambak.e. Saged neniru menapa ingkang dipun tingali ing TV.10. Damar mancung, cinupen semene dhisik. Unen-unen iku kalebu ....a. parikan c. wangsalanb. sanepa d. paribasan.c. bebasanB. MacaParagraf Nggawe sawijining paragraf kalebu ana sajroning ketrampilan nulis. Ketrampilan iki ora saben wong nduwe. Muula gladhen nulis paragraph diperlokake banget. Ketrampilan nyusun ukara siji lan sijine saingga nduweni teges kang gumathok ora teka ngono wae. Ananging kabeh kudu disinaoni, tanpa digladhi lan disinau mesthi wae ketrampilan nulis ora bakal kaconggah. Mula saka kuwi,, gladhen kang ora kendhat nggawe paragraf iki bisa nggladhi ketrampilan nguwasani nulis paragraf.Sawijining paragraf biasane kedadeyan saka loro utawa luwih ukara. Ukara ukara ana sajroning paragraf kudune sambung-sinambung antaraning ukara siji lan sijine. Ukara-ukara sing dumadi nyengkuyung sawijining tema / topik.Tema / topik panggonane ana sajroning ukara pokok Dene ukara-ukara liyane nduweni sifat njelasake/mbeberake ukara pokok. Ukara sing ngandhut gagasan pokok dijenengake ukara pokok, dene ukara sing ngemot gagasan panjelas diarani ukara panjelas.Wujuding paragraf ditilik saka panggonane ukara pokok ana papat yaiku :1. Paragraf DeduktifParagraf sing ukara pokoke ana ngarepan diarani paragraf deduktif. Paragraf jinis iki paling gampang digawe. Ana sajroning bagan paragraf deduktif digambarake kaya ing ngisor iki ! Tuladha :Kasus lolose Gayus Tambunan njalari jagading negara hukum, dadi horeg kena ketaman lindhu. Tumrap kalangan kepolisian , muncule kedadeyan mau rinasa mujudake samplukan kang nglarakake ati lan nyuremake rai. Gayus Tambunan dhewe, sabubare nyatakake rasa getune ing sajroning sidhang, kanthi cekak aos ngakoni, untuk tidak memperpanjang polemik, yang ada di Bali itu betul saya. Kasus kasebut bisa gawe bureme citra hukum Indonesia, lan saya nuwuhake kesan ora enak, kaya-kaya Indonesia bisa keblegong ing penganggep: negara hukum kang dihukum.Jaya Baya, 13 Minggu IV November 2010Ukara pokok paragraf ing ndhuwur, Kasus lolose Gayus Tambunan njalari jagading negara hukum, dadi horeg kena ketaman lindhu. Dene ukara candhake arupa ukara panjelas. Ukara-ukara panjelas kuwi nyengkuyung ukara pokok.2. Paragraf InduktifParagraf jinis iki walikane paragraf deduktif. Ukara pokoke ana ing pungkasaning paragraf. Ukarane diwiwite saka bab-bab sing asipat miligi tumuju bab kang asipat rowa/umum utawa klimaks, yaiku generalisasi. Nggawe paragraf jinis iki rada kangelan, nanging cocok tur mathuk kanggo nulis prosa argumentasi. Salah sijining ciri paragraf induktif ana tembung-tembung tertemtu sing awujud dudutan. Tuladha: dadi, mula saka kuwi.Tuladha :Sawetara wektu kepungkur iya ana lakon kang akeh irip-empere karo kedadeyan ing ndhuwur. Malah ana kang nganggep luwih ngisin-isini! Yaiku, ana sel ing rutan khusus wanita, kang dening kang ngenggoni disulap dadi panggung karaoke. Bisa kadadeyan kaya mangkono klawan aman-aman ing satengahing rutan kang jinaga kuwat lan rapet! Sebabe apa ora jalaran dhuwit? Isih ana bae oknum petugas kang doyan dhuwit! Isih ana pager mangan tanduran, ngono paribasana!Jaya Baya, 13 Minggu IV November 2010Ukara pokok paragraf ing ndhuwur yaiku Isih ana pager mangan tanduran, ngono paribasana!" JATI DIRI "A.NgrungoakeGeguritan iku padha karo puisi jawa modhern.Geguritan iku minanangka ajang kanggo nyuntak: gagasan, pangunek-unek, perasaan, panandhang, keprihatinan, keduwung, bombong, katresnan, jengkel lan liya-liyane.Mirengake geguritan perlu nggatekake: tembung-tembunge, apa tegese tembung-tembung mau, kepriye pamedhote ukara, alus lan sorane swara.Yen gelem nggatekake lan niteni prakara-prakara mau mbok menawa bisa mbiyantu anggone nyurasa lan mangerteni isine geguritan.PEPELINGDening: Sendang MulyanaAku ngugemi ngendikamu ibunalika arep budhal sekolahnyangking tas kebak bukuNgger ngendikane pujangga winasisnelmu iku kelakone kanthi lakulekase lawan kastegese kas nyantosanisetya budya pangekese dur angkarapancen angel yen durung ketemumula aja pegat sinauDadia wong pinter nangingaja keminter lan keblingerdadia wong sugih nangingaja sumugihdadia petinggi nangingaja ngapusi lan korupsiNINTINGI GEGURITANTembung-tembung iki golekana tegese!Yen perlu gunakna kamus Bau Sastra Jawa!NO TEMBUNGE TEMBUNGE PADINAN 1 ngugemi Ngandel, percaya,patuh2 Pujangga Pengarang3 winasis Wong pinter4 Kanthi laku Nganggo dilakoni,ditindakake5 lekase Wiwitan 6 Lawan kas Kanthi tenansn, ora nglemer7 nyantosani Nguwati, kukuh8 Setya budya Tansah mantep ing pikir9 pangekes Kanggo ngedhen,ngereh10 dur ala11 angkara murka12 pegat Pisah, lelen13 keminter Sokpinter, nyombongke pintere14 sumugih Sok sugih, nyombongke sugihe15 petinggi pejabat16 pepeling bab sing perlu dieling-elingManawa ditintingi kanthi dhasar tembung-tembunge, geguritan mau:Temane : PendidikanIsine : Nasehat, pesan moral kanggo sing maos lan ngrungokake.Amanate : Supaya sregep sinau, Yen wis kelakon pinter aja keminter, Yen wis kelakon sugih aja sumugih, Yen wis dadi pejabat aja ngapusi lan korupsiSoalGarapen kanthi menehi tandha ping ( X ) ing jawaban sing bener!Aku ngugemi ngendikamu ibunalika arep budal sekolahnyangking tas kebak buku1. Cuwilan geguritan mau nggambarake ...a. bocah sekolah d. bocah kerjab. bocah sregep e. bocah jujurc. bocah sombong2. Pancen angel yen durung ketemu, mula aja pegat sinau.Tembung pegat ing ukara mau duwe teges...a. cerai d. matib. pejah e. lerenc. metu3. Sing ora perlu digatekake menawa maca geguritan a. intonasi trep c. pakecapan cethab. aksarane endah d. ekspresi cocokc. swara keprungu4. Geguritan iku piranti kanggo nyuntak ..... seneng, susah, gambira lan liya-liyane.a. tulisan d. kepinteranb. bahan e. rasa pangrasac. kewasisan5. Ngelmu iku kelakone kanthi lakulekase lawan kastegese kas nyantosanisetya budya pangekese dur angkara.Nitik cacahe larik,cacahe suku kata lan dhong-dhinge, cuwilan geguritan mau kalebu tembang ..a. Gambuh d. Pocungb. Megatruh e. Pangkurc. Sinom6. Geguritan Pamit sing nganggit sapa?a. Sarju d. Sumitrab. Sudiatmana e. Sumitra Jatic. Sendang Mulyana7. Dhik Iinlingsir wengi ikiaku meksa mangkatjer wus sabaya patikaro sumitra jati..............................Isi geguritan mau nggambarake gegayuhane urip ....a. pengarang c. ing segarab. para misaya mina d. Sudiatmanac. tukang satang8. Pepenginan utawa gegayuhane para miyang, urip ing masyarakat bisa ngetutake ajauning jaman, ora ketinggalan jaman. Keterangan mau tinemu ing pada ... a. loro d. papatb. telu e. limae. enem9. Kaanan alam sing mendukung tumprap para misaya mina ing geguritan mau, tinemu ing pada ...a. 2 d. 4b. 3 e. 5c. 610. jer ombake ora gedhekartika abyor ing langitgumebyar ing atiTembung kartika tegese padha karo ...a. lintang d. rembulanb. srengenge e. pelangic. permataB. NulisNulis wacana narasiWacana narasi yaiku karangan kang ngandharake lelakon utawa kedadean anut urutan wektu (kronologis), ana paraga, latar, lan alur.Ancase karangan narasi yaiku nyeritakake pengalaman uripe wong ing saperangan wektu utawa bisa uga karangan kang mingka asiling rekadaya pikirane pengarang. Mula, supaya bisa nggambarake kaya kasunyatane ing karangan narasi kudu ana paraga, papan, swasana, urutan kadadean lan liya-liyane.Titikane utawa ciri-ciri wacana narasi yaiku:1. Anane tumindak ing sajrone crita2. Crita mau ditindakake ing sajroning wektuTuladha anggitan narasi: Novel, cerkak, dongeng, roman (kisah percintaan Ex. Romeo Juliet), hikayat (cerita hewan ex. Kancil nyolong timun), biografi, kisah pengalaman pribadhiUrut urutane nulis narasi:1. Nemtokake tema karangan2. Nemtokake tujuan karangan3. Nglumpukake bahan bahan karangan- Adedasar pengalaman pribadi utawa wong liya- Adedasar khayalan utawa imajinasi- Adedasar kedadeyan lokal, regional, nasional, utawa internasional4. Nata rantamaning karangan- Nemtokake tujuan kang cetha- Ditata kanthi logis lan wajar5. Ngembangake rantaman / kerangka karangan- Bisa katata kanthi anggathekake lakuning crita/ alur- Basa kang dipigunakake.Tuladha Narasi sederhana:Jam 06.00 Darmi mangkat menyang pasar arep kulakan. Tekan ngisor wit trembesi dicegat Darmo lan dijaluk dhompete. Darmi mbengok, Darmo bingung terus njupuk watu dithuthukake sirahe Darmi. Darmi tiba klenger, dipindhoni dithuthuk watu maneh. Ngerti yen Darmi mati, Darmo mlayu nginggati.Wacana Narasi kuwi kaperang dadi loro:a. Narasi Ekspositoris yaiku narasi kang isine arupa karangan kang sipate nyata.Conto : biografi, aufobiografi, kisah pengalaman pribadhi.b. Narasi Sugestif yaiku narasi kang isine arupa karangan kang sipate fiksi (khayalan)Conto: Novel, cerkak, dongeng, roman, hikayat ." KASUSILAN "A. NgrungokakeWawancara yaiku sapatemoning wong loro utawa luwih kanthi pangajab bisa ndhudhuk sakehing katrangan sing awujud kanyatan (fakta) utawa panemuning pawongan kanthi tujuwan tertamtu.Jenise Wawancara kaya ing ngisor iki :a. Wawancara bebas yaiku wawancara sing sawetara pitakone ora dirumusake luwih dhisik.b. Wawancara kapimpin yaiku wawancara sing sawetara pitakone wis dirumusake luwih dhisik.c. Wawancara tinarbuka yaiku wawancara sing wangsulane ora winates, utawa ora kaiket.d. Wawancara katutup yaiku wawancara sing wangsulane winates utawa kaiket.e. Wawancara individual, yaiku wawancara kang katindakake dening salah sawijining pewanwancara Marang salah sawijining informan.f. Wawancara kelompok yaiku wawancara kang katindakake kanthi kelompok utawa bebarengaSing kudu ditindakake nalika arep nganakake wawancara yaiku :a. Netepake tujuan wawancarab. Netepake narasumberc. Nemtokake dina lan papan kanggo wawancarad. Gawe dhaftar pitakonane. Nyiapake buku cathetan utawa piranti kanggo ngrekamf. Nindakake wawancara kanthi sopan lan andhap asor, uga nganggo unggah-ungguh basa kang bener.Wawansabda (wawancara) pengrajin Reog Ponorogo ten PonorogoBudi : Sugeng enjing, Pak.Pak Sudarmanto: Iya, le, laky a padha slamet ta?Budi ; pangestunipun wilujeng, sakunduripun?Pak Sudarmanto: oleh pandongamu slamet. Ana perlu apa Le?Budi ; nuwun pangapunten, sowan kula sepisan silaturahmi kaliyan Bapak, kaping kalihipun kula kepingin nyumerepi usahanipun Bapak.Pak Sudarmanto: iya, le, apa sing bisa dakbantu?Budi : wiwit kala punapa Bapak dados pengrajin reog?Pak Sudarmanto: wiwit 1978.Budi : wah sampun dangu nggih Pak? Lajeng bahanipun saking pundi pak?Pak Sudarmanto: lha Manawa iku wujude mung kayu kanggo kendhang utawa penthul aku mung golek saka sakiwa tengene kene wae nanging yen lar merak, aku golek tekan Surayabay malah terkadang tekan Jakarta.Budi : menawi kendhang, reyog sarta piranti sanesipun punika punapa panjenengan piyambak ingkang ngasta?Pak Sudarmanto: Ora Le, aku direwangi dening wong enom ing sakiwa tengenku kene kang duwe kawasisan gawe gamelan lan reog.Budi : salajengipun anggenipun nyade dhateng pundi kemawon?Pak Sudarmanto: yen iku awujud reog, aku nggawe yen mung ana pesenan. Ananging Manawa wujude reyog cilik kang biasane kanggo taliasih, lan perangan reog liyane kayata: penthulan, jaran kepang lan liyane ing ngaarep omah ingkang papane dadi siji karo papan produksi.Budi : punapa wonten pepalang ing salebetipun dados pengrajin reog Pak?Pak Sudarmanto: ya mesthi ana. Utamane babagan bahan reog sing wujude lar merak. Ing jaman saiki angel banget golek merak.Budi : lajeng punapa ingkang dipunkersakaken?Pak Sudarmanto: dak jaluk ana wong kang peduli marang reog kang bisa nyediakake lar merak kanthi cara ternak manuk merak.Budi : matur suwun, Pak sedaya informasinipun. Kula kinten sampun cekap nyuwun pamit.Pak Sudarmanto: ya le, padha-padha. Ati-ati ing dalan.Budi ; inggih pak.B. MacaTembang yaiku susastra/sastra, utawa anggitan/karangan kang kaiket dening guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra (Indonesia: puisi).Guru lagu/dhong dhing: yaiku tibane swara vokal ing pungkasane gatra.Guru wilangan: yaiku cacahe wanda saben sagatra.Guru gatra: yaiku cacahe gatra saben sapada.Pupuh: yaiku tembang pirang-pirang pada kang isih sajenis.Pada: yaiku bait/koplet.Wanda: yaiku pakecapan/suku kata.Tembang macapat iku cacahe ana 11 werna:Maskumambang watake nelangsa keranta-ranta.Pocung watake sembrana, gecul, ora ana greget saut.Asmaradana watake sengsem.Megatruh watake ngloro, sedhih.Sinom watake grapyak, renyah.Dhandhanggula watake luwes, ngresepake.Mijil watake asih, tresna.Kinanthi watake sengsem.Gambuh watake kulina, nepung-nepungake.Pangkur watake sereng, tegas.Kaiket ing wewaton a. Guru Gatra, yaiku cacahing gatra/larik/baris saben sapada/bait b. Guru Wilangan, yaiku cacahing wanda saben sagatra c. Guru Lagu, yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatraGambuhSekar gambuh ping catur - ukang cinatur polah kang kalantur - utanpa tutur katula-tula katali - ikadaluwarsa katutuh - ukapatuh pan dadi awon - oGambuhSekar gambuh ping catur - 7kang cinatur polah kang kalantur - 10tanpa tutur katula-tula katali - 12kadaluwarsa katutuh - 8kapatuh pan dadi awon - 8" BUDI PAKARTI "A. NgrungoakeHakekat ketrampilan basa menik boten saged uwal saking kalih prekawis:1. Basa menika sawijining sistem lambang ingkang dipun ucapaken.2. Basa menika dipun ginakaken minangka sarana wawan ginem(komonikasi) Trampil gineman ateges saged milih lan ngronce gagasan sacara logis lan runtut utawi sistimatis, sarta saged medharaken kanthi pocapan, irama sarta unggah-ungguh basa ingkang trep lan sae.Minangka sangu supados menawi gineman utawi medhar sabda manteb lan teteg:1. Mbudidaya nguwaosi menapa ingkang badhe dipun wedharaken dhumateng tiyang sanes.2. Damel ngengkrengan reroncen prekawis-prekawis ingkang badhe kawedharaken sacara sistimatis, supados ngremenaken tiyang sanes. Temtu kemawon ingkang badhe maraga kedah ngremeni kaliyan prekawis ingkang badhe kawedhar.3. Nggadhahi panganggep bilih ingkang dipun wedharaken menika leres lan wigatos sarta 4. paedah tumprap ngakathah.5. Gineman kanthi prasaja, sante lan nganggeb bilih pamiyarsa boten mangertos prekawis ingkang dipun andharaken. 6. KasamaptaanNalika ngaturaken tanggap wacana sadaya sikep, solah bawa, kedah trapsila:a. Jumeneng jejeg saha sigrak, suku megar kinten-kinten 30 cmb. Tangan boten srawean, badan boten ketingal kaku.c. Polatan sumeh prasaja,boten dipun damel-damel.d. Mriksani pamirsa kanthi trapsilae. Manah dipun damel sareh supados mboten ndredheg.f. Wicara kanthi cetha saha jumbuh kaliyan kawontenang. Suwanten boten perlu sora-sora, nanging saged kapireng.h. Ngginakaken basa ingkang alus, nanging ingkang limprah supados komunikatif.Mangertosi peranganing PidhatoMenawi badhe marga pidhato kedah mangertosi prekawis ingkang kedah runtut, inggih menika:1. Salam PambukaSalam Pambuka inggih punika ngaturake salam ingkang sepisanan ing wiwitanipun tanggap wacana. Salam pambuka menika warni-warni, gumantung kaliyan kawontenansarta gumantung kaliyan sok sinten ingkang ngaturaken tanggap wacana.2. PurwakaPurwaka punika atur panuwun dhumateng para rawuh utawi para tamu undangan, saha atur pamuji syukur dhumateng Gusti Allah.3. IsiIsi punika sedaya prekawis utawi babagan ingkang badhe dipun andharaken.4. Wigatining Wacana utawi SimpulanWigatining punika inti saking isi ingkang sampun dipun wedharaken.5. Pangajeng-ajengPangajeng-ajeng punika pitedah-pitedah saha pangajeng-ajengingkang dipun wedharaken dhumateng para ingkang midhangetaken.6. Wusana utawi PanutupWusana menika maturnuwun saha nyuwun pangapunten bilih wonten kekirangan sahakalepatan anggenipun nyaosi pangertosan.Tuladha Tanggap wacana Assalamualaikum Wr WbBapak-bapak saha ibu-ibu ingkang kula hormati. Adik-adhik warga karang Taruna ing desa Sukorejo ingkang kula tresnani. Saderengipun mangga sami muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkan sampun paring rahmad dhateng kita, saengga kita saged manunggal kempal wonten ing dalemipun Bapak Samekta kanthi wilujeng nir ing sambekala.Adhik-adhik warga Karang taruna ingkang kula tresnani. Kula minangka kepala desa Sukorejo rumaos mongkog, suka gambira. Jalaran adhik-adhik nggadhahi tekad lan niyat ingkang luhur, inggih punika adhik-adhik sampun purun manunggal kempal wonten ing wadhah Karang aruna ing desa Sukorejo ngriki.Kegiyatan punika minangka pratandha bilih adhik-adhik kalebet mudha- mudhi ingkang sadhar dhaten persatuan saha kesatuan. Pramila kula nyuwun mugi-mugi adhik-adhik tansaya saged ngindhakaken raos persatuan menika kanthi nindakaken pakaryan-pakaryan ingkang murakabi kangge kemajenganing desa Sukorejo ngriki mliginipun, sumrambahipun ing tlatah Kendal.Dhumateng adhik-adhik ingkang nggadhai kagunan saha ketrampilan menapa kemawon ingkang sae, kula suwun purun nularaken dhateng adhik-adhik sanesipun. Saengga mangkeh warga karang taruna ing desa Sukarejo tambah seserepanipun ingkang prodhuktif. Asilipun saged nambah kesejahteraanipun waga karang taruna saha dados kemajenganing desa.Kula nyuwun supados sesami warga sami purun caos lan nampi pepenget mbok bilih wonten tumindak ingkang nalisir saking bener. Kanthi makaten sadaya saged lumampah kanthi sae.Tundhonipun saged dados tepa tuladha dhateng adik-adhik ingkang kaprenah taruna.Kula kinten cekap samanten atur kula, menawi wonten ceweting atur kula nyuwun pangapuntenIwak sepat dibumbu santen, sadaya lepat nyuwun pangapunten.Wassalamualaikum Wr WbSoalGolekana jawabane sing bener kanthi menehi tandha ping (X) ing huruf a,b,c,d utawa e.1. Pangertosan gineman inggih punika ....a. Reka daya medharaken wose gagasan sarana lesan.b. Reka daya mangsuli gagasan sarana tulisan.c. Mbudi daya maringi keterangan sarana sastra.d. Reka daya supaya tiyang sanes saged komonikasi.e. Mbudidaya supados tiyang sanes mangertosi basa.2. Supaya anggone maraga (pidhato) rumangsa mantep utawa percaya dhiri, perlu ...a. Mbudi daya supaya swarane sora. b. Nguwasani sing arep diwedharake.c. Golek dhukungan kanca raket. d. Njaluk pangestu marang wong sing luwih tuwa.e. Nggawa cathetan sing cukup.3. Sikap ingkang mboten sae menawi maraga utawi pidhatoa. Ngadeg jejeg, tangan ora kekehan srawean.b. Polatan sumeh prasaja, ora digawe-gawe.c. Pocapan cetha, nyocokake karo kaanan.d. Nggunakake basa jawa kuna supaya ketara apik.e. Swara ora perlu sora-sora, nanging bisa dirungu cetha.1. Purwaka 2. Wasana Basa 3. Surasa Basa 4. Salam Pambuka5. Pangajeng-ajeng4. Urutan tata rakite gawe naskah pidhato sing bener yaiku ....a. 1, 3, 2, 4, 5 d. 5, 4, 1, 3, 2.b. 4, 1, 3, 5, 2. e. 4, 3, 2, 1, 5.c. 4, 5, 1, 3, 2.5. Ngaturake salam sing sepisanan rikala maraga pidhato a. purwaka d. surasa basab. wasana basa e. salam pambukac. wigatining basa6. Atur panueun marang tamu undhangan lan muji syukur marang Pangeran, iku perangan a. Salam Pambuka d. Surasane sesorahb. Pambuka sesorah e. Wacana Pidhatoc. Pangajen-ajengMugi-mugi sesami warga sami purun nyaosi lan nampi pepenget, mbok bilih wonten tindak ingkang nalisir saking bebener.7. Paragraf menika wau pantesipun minangka .... pidhato.a. Purwaka. d. Pambukab.Wasana e. Simpulanc. Pangajeng-ajeng8. Perangan pidhato kang surasane ngaturake panuwun lan njaluk pangapura menawa ana kekurangan lan kaluputan anggone matur, disebut...a. Salam pambuka. d. Wigatine atur.b. Purwaka e. Pangajeng-ajeng.c. Wasana basa.9. Ibu-ibu, saha Bapak-bapak, ingkang kula hormati. Mangga kula dherekaken sami mujisyukur wonten ngarsanipun Gusti Allah .........Cuplikan paragraf mau pantese minangkan .... sambutan.a. salam pambuka d. purwaka basab. surasa basa e. pangarep-arep.c. wasana basa10. Sikep sarira sing apik nalika ngayahi pidhato yaiku ...a. Ngadeg jejeg, senajan mung nganggo sikil siji.b. Bola bali mbukak cathetan supaya ora lali.c. Polatan mbesengut, suntrut.d.Ngadeg kanthi rasa percaya dhiri.e. Asring ngunjukake celana supaya rapi.B. NulisIngkang dipun wastani ukara inggih punika rerangkning tembung sawatawis ingkang saged mujudaken / nglahiraken gagasanipun tiyang.A. Pranganipun ukara:Ukara kedadosan saking prangan ingkang baken, jejer lan wassa.Supados ukara kala wau saged sampurna tegesipun, asring ukara punika dipun wwahi.katrangan.Warni warnining katrangan :a. Katrangan lsan kang nandang (pelengkap penderita).b. Katrangan lsan kang pinarih (pelengkap penyerta).c. Katrangan lsan kang tumindak (pelengkap pelaku).d. Katrangan mangsa: wis, lagi, arep, kapan, dhk wingi.e. Katrangan panggnan: ing kono, ngomah, ing pasar.f. Katrangan kaanan (kawontenan): kangg nerangaken wassanipun banget, cetha, kepnak. Tulada Ngudhal Ukara Miturut Kalinggihanipun (Kalungguhan). a. Kucing iku | mangan | tikus | 1 2 3 1. jejer, 2. wassa, 3. lsan kang nandang b. Simbok | nukokak | layangan | adiku | 1 2 3 4 1. jejer, 2. wassa, 3. lsan kang nandang, 4. lsan kang tumindak c. Aku | diwnhi | dhuwit | mbakyu | 1 2 3 4 1. jejer, 2. wassa, 3. lsan kang nandang, 4. lsan kang tumindak d. Suk embn | bapak | arep | mundhutak | klambi | aku | 1 2 3 4 5 6 menyang Sala | 7 1. katrangan mangsa, 2. jejer, 3. katrangan mangsa, 4. wassa, 5. lsan kang nandang, 6. lsan kang pinurih, 7. katrangan panggonan e. Gunung iku | dhuwur | banget | 1 2 3 1. jejer, 2. wassa, 3. katrangan kahananf. Si Ali | mangan | ademenakak | 1 2 3 1. jejer, 2. wassa, 3. ktrangan wassag. Omah | bapak | arep | didol | suk embn | 1 2 3 4 5 1. jejer, 2. katrangan jejer, 3. katrangan mangsa, 4. wassa, 5. katrangan mangsa.h. Sayak | abang ka | reged | banget | 1 2 3 4 1. sayak, 2. katrangan jejer, 3. wassa, 4. katrangan kahananB. Warni warnining Ukara.1. Miturut Pandapukipun, Ukara, wonten: a. Ukara genep (ukara lamba). b. Ukara boten genep (ukara gothang). c. Ukara rangkep (ukara majemuk). 1. Ukara ganep sakedhikipun kedah wonten jejer lan wassanipun, sok ugi wonten katranganipun. Tuladha: - Saidi mlaku - Bocah nakal ka dolan mrn. 2. Ukara boten ganep (ukara gothang) kaprang: a. gothang jejeripun. - rnya sedhla ba ! - Tukokna rokok ! b. gothang wassanipun: - Sajak Simin ! - Dudu Adiku ! c. gothang jejer lan wassanipun: - Kala wingi ! - isih loro ! - Ora ! 3. Ukara rangkep inggih punika ukara ingkang panjang kadadosan saking kalih ukara lamba utawi langkung. Ukara rangkep kaprang malih: a. Ukara rangkep sadrajad Tuladha: - Aku nulis, adiku maca buku, simbok olah olah, - Wong iku gemi, mulan dadi sugih. - Sepisan dhwk sregep, ping pindhon pancn pinter. b. Ukara rangkep raketan. Tuladha: - Simbok menyang pasar, dn aku kon tunggu warung. - Siman mblh pitik, adin mbubuti, simbok kang ngolah. - Dhk wingi pit isih ditunggangi, dhk mau wis dicolong uwong. c. Ukara rangkep tundha. Wonten ing salebeting ukara tundha wonten baboning ukara, inggih punika ukara ingkang dados undheraning gineman lan wonten gatranipun (anak kalimat). Gatra wonten pinten pinten warni: a. gatra jejer: ukara ukara ingkang dados gegentosing jejer, Guruku .. .. , ndukani aku (ukara lamba). Wong kang mulang | aku | ndukani aku | 1 2 3 1. gatra jejer, 2. wassa, 3. lsan kang nandang b. gatra wassa: ukara ingkang dados gegentosing wassa. Panjaluk .. .. , dituruti (ukara lamba). Panjaluk | aku sregep sinau | 1 2 1. jejer, | 2. gatra wassa | c. gatra lsan: ukara ingkang dados gegentosing lsan. Aku ngleksanani panjaluk (ukara lamba). Aku ngleksanani | apa | kang dikarepak | 1 2 3 1. jejer, 2. wassa, 3. gatra lsan d. gatra katrangan: ukara ingkang dados gegentosing katrangan. Simin arep mulih ssuk (ukara lamba). Simin arep mulih | menawa aku | wis bali saka Sala 1 2 3 1. jejer, 2. wassa, 3. gatra katrangan Caranipun Ngudhal: Simin arep mulih, menawa aku wis bali saka Sala. Simin = jejer arep mulih = wassa arep = katrangan mangsa menawa aku bali saka Sala = gatra katrangan menawa = katrangan sarat aku = jejer gatra katrangan wis = katrangan wektu (wekdal) gatra katrangan bali = wassa saka Sala = katrangan panggnan gatra katrangan.