pidato bhs jawa

4
PENTINGIPUN SOPAN SANTUN ING GRIYA LAN ING SEKOLAH Assalamu’alaikum Wr. Wb. Poro rawuh ingkang kulo hormati, Langkung rumiyen monggo sedaya kula lan panjenengan atur syukur dumateng ngersanipun Allah SWT, ingkang sampun maringi nikmat lan hidayahipun sahingga ing wekdal punika kita saget kempal ing panggenan punika kanthi sehat walafiat. Mugi-mugi kekempalan kita ing dinten punika wonten gina lan manfaatipun. Shalawat lan salam mugiya tetep kaaturaken dumateng nabi kita Muhammad SAW, ingkang sampun maringi pitedah lan bimbingan dumateng kita sedaya. Poro rawuh ingkang kula hormati. Umumipun ing jaman globalisasi punika katah pengarung lingkungan ingkang kiat sanget tumraping pendidikan, tuwin perkembangan teknologi canggih ing jaman sak punika, kados- kados sopan santun kanggenipun lare-lare meh badhe ical. Ing ngriki kula badhe nyariosaken bab pentingipun sopan santun ing griya lan ing sekolah. Sopan santun punika perlu sanget kangge kita sedaya. Wonten ing kalangan keluarga, sekolah lan masyarakat. Sopan santun punika salah

Upload: awanygx

Post on 15-Jun-2015

9.157 views

Category:

Documents


7 download

TRANSCRIPT

Page 1: pidato bhs jawa

PENTINGIPUN SOPAN SANTUN ING GRIYA LAN ING SEKOLAH

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Poro rawuh ingkang kulo hormati,

Langkung rumiyen monggo sedaya kula lan panjenengan atur syukur dumateng

ngersanipun Allah SWT, ingkang sampun maringi nikmat lan hidayahipun sahingga ing

wekdal punika kita saget kempal ing panggenan punika kanthi sehat walafiat. Mugi-

mugi kekempalan kita ing dinten punika wonten gina lan manfaatipun.

Shalawat lan salam mugiya tetep kaaturaken dumateng nabi kita Muhammad

SAW, ingkang sampun maringi pitedah lan bimbingan dumateng kita sedaya.

Poro rawuh ingkang kula hormati.

Umumipun ing jaman globalisasi punika katah pengarung lingkungan ingkang kiat

sanget tumraping pendidikan, tuwin perkembangan teknologi canggih ing jaman sak

punika, kados-kados sopan santun kanggenipun lare-lare meh badhe ical.

Ing ngriki kula badhe nyariosaken bab pentingipun sopan santun ing griya lan ing

sekolah. Sopan santun punika perlu sanget kangge kita sedaya. Wonten ing kalangan

keluarga, sekolah lan masyarakat. Sopan santun punika salah setunggalipun bagian

saking ajaran kita umat islam khususipun lan tiyang jawi umumipun.

Pramila sopan santun ing kalangan keluarga penting sanget. Amargi wonten ing

saklebetipun keluarga punika wonten bapak, ibu lan putra-putranipun ingkang kedah

ngertos unggah-ungguh, tepa selira, tata krama lan jagi kesopanan.

Umpamanipun putra-putra lan ibu kedah jagi kesopanan dumateng bapak,

semanten ugi bapak inggih kedah jagi kesopanan dumateng ibu lan putra-putranipun

kolowau lan sageto dados contonipun anggota kluarga sedoyo. Dene ingkang putra

kedah saged jagi kesopanan dumateng anggota keluarga ingkang langkung sepuh lan

Page 2: pidato bhs jawa

mbangun miturut dumateng dhawuhipun bapak lan ibu. Langkung-langkung ing

babakan wicantenan tingkah laku lan tumindak sedayanipun kedah dipun jagi.

Para rawuh ingkang kula hormati,

Sak lajengipun bab sopan santun ing sekolah. Ing sak lebetipun sekolah punika

wonten masyarakatipun ingkang dipunwastani warga sekolah. Antawis setunggal lan

setunggalipun kedah jagi kesopanan. Umpaminipun murid datheng gurunipun utawi

murid ingkang enem datheng murid ingkang langkung sepuh lan ugi datheng warga

sekolah sanesipun. Semanten ugi guru dumateng murid utawi murid ingkang sepuh

dumateng murid ingkang langkung enem lan warga sekolah sanesipun. Ingkang kedah

dipun jagi inggih punika wicantenan, tingkah laku, unggah-ungguh, tata krama utawi

sopan santun.

Sedaya punika menawi dipunlaksanaaken kanthi manah ingkang ikhlas saget

andadosaken guyub rukunipun warga sekolah.

Adedasar sopan santun utawi tata krama lan unggah ungguh ingkang sampun

kalaksanaaken wonten ing keluarga lan sekolah punika kala wau bade kabekta datheng

lingkungan masyarakat. Amargi masyarakat punika kadadosan saking warni-warni

budaya lan adat istiadat.

Kangge jagi pasederekan punika kita kedah jagi lan ngleksanaaken sopan santun

utawi tata krama lan unggah-ungguh, sak sampunipun mlebet lan kempal wonten ing

masyarakat. Menawi sopan satun punika kajagi, pasederekan kita saget langgeng lan

saget mujudagen pasederekan, ingkang saged dadosaken patuladan ing masyarakat.

Wasana cekap semanten anggen kula matur, mugi-mugi wonten gina lan

manfaatipun lan sageto dipun laksanaaken ing pundi kemawon, bilih wonten

kaladukipun atur kula bonten langkung, kula nyuwun agunge samudra pangaksami.

Nuwun….

Wasalamu’alaikum Wr. Wb