paramasastra basa jawa

Upload: eva-yunita

Post on 17-Jul-2015

690 views

Category:

Documents


274 download

TRANSCRIPT

PARAMASASTRA BASA JAWA Dening EDY SUSILO

Pusat Studi Bahasa dan Budaya Jawa Universitas Kanjuruhan Malang

DHEDHAPUKANING TEMBUNG

Aksara (hurup)

Wanda (suku kata)

Tembung (kata)

Ukara (kalimat)

Ukara kadhapuk saka tembung, tembung dumadi saka wanda, lan wanda dumadi saka aksara.

TEMBUNG LAN JINISETembung digolongake dadi 10 warna : 1. Tembung Aran (kata benda) tuladha : kursi, meja, wedhus, wong, montor, lsp.

2. Tembung Kriya (kata kerja) a. Tembung kriya wantah : lunga, tangi, lungguh, turu, weruh, lsp. b. Tembung kriya mawa ater-ater hanuswara (kriya tanduk) : nulis, medang, nyadhuk, natahi, mlaku, mangan, ngethoki, lsp. c. Tembung kriya mawa ater-ater tripurusa; dak, kok, di (kriya tanggap) dijupuk, didusi, ditukokake, dakpidak, daktaleni, daksisihake, kokkethok kokthetheli, kokunggahake, lsp.

d. Tembung kriya mawa ater-ater ka(kriya tanggap) : kagawa, kabanda, kadandanan, katulungan, kacritakake, lsp. e. Tembung kriya mawa seselan -in(kriya tanggap) : binuru, cinubles, binoyong, cinaritan, ginawakake, lsp. f. Tembung kriya mawa panambang - an : jogedan, bebedan, lungguhan, rembugan, lsp.

3. Tembung sesulih (kata ganti) : a. Tembung sesulih wong : aku, kula, dalem, kowe, sliramu, sampean, panjenengan, dika, paduka, sira, dheweke, slirane, panjenengane, kita, lsp. b. Tembung sesulih panuduh : iki, iku, ika, kene, kono, kana, riki, riku, rika. c. Tembung sesulih pitakon : apa, kepriye, kena apa, kapan, pira, ana ngendi,lsp.

4. Tembung Wilangan (kata bilangan) : papat, lima, enem, akeh, sethithik, setengah, lsp. Setunggal, sedasa, seket, sewidak, satus, sewu, lsp. 5. Tembung sipat/kahanan (kata sifat) : bagus, apik, seneng, susah, abang, putih, lsp. 6. Tembung katrangan (kata keterangan) banget, rada, lagi, arep, lsp.

7. Tembung sabawa/Panggawuh (kata seru) : wah, adhuh, lho, eh, lsp. 8. Tembung sandhangan (kata sandhang): si, sang, raden, gus, kyai,lsp. 9. Tembung panyambung/Panggandheng (kata hubung) : lan, sarta, wusana, nanging, banjur, sahingga, kamongka, lsp. 10.Tembung ancer-ancer/Pangarep (kata depan) ing, menyang, saka.

PAMILAHE TEMBUNGTEMBUNG LINGGA Tembung sing durung owah saka asale (mur, gas, rak, bak = 1 wanda, tuku, meja, omah = 2 wanda Negara, gamelan, keraton = 3 wanda) TEMBUNG TEMBUNG ANDHAHAN Tembung sing wis owah saka asale (mlayu, omahe, tinuku, tulisan, lsp)

Tembung Andhahan

Lingga + ater-ater Lingga + seselan Lingga + panambang Dwipurwa Dwilingga Dwiwasana

Pamilahe Tembung AndhahanI. Ater-ater = imbuhan sing mapan ana sangarepe tembung lingga1. tembung mawa ater-ater a- (tanpa hanuswara)

adu, acundhuk, asipat, atracak, lsp

2. Tembung mawa ater-ater a(mawa hanuswara) a. Tembung mawa ater-ater m- (am-, ham-)

munthes, mandeng, methik, mancing, medang, madon, lsp.Dudutan : tembung kang apurwa aksara p

lan w yen oleh ater-ater hanuswara m-, p lan w luluh dadi m.

b. Tembung mawa ater-ater n (an-, han-)

natah, nunggang, nampa, nembang, lsp. th, yen oleh ater-ater hanuswara n, owah dadi n

Dudutan : tembung kang apurwa aksara t.

c. Tembung mawa ater-ater ny- (any-, hany-)

nyundhang, nyendhal, nyusu, nyucuk, lsp.

Dudutan : tembung kang apurwa aksara s, c,

yen oleh ater-ater hanuswara ny, owah dadi ny.

d. Tembung mawa ater-ater ng(ang-, hang-)

ngambang, ngurung, nggondhol, nglilir, lsp.Dudutan : tembung kang apurwa aksara k,

l, g yen oleh ater-ater hanuswara ng, owah dadi ng.

3. Tembung mawa ater-ater maa. Tembung mawa ater-ater ma(tanpa hanuswara)

makarya, magawe, maguru, lsp.b. Tembung mawa ater-ater ma(mawa hanuswara)

manunggal, manitis, manembah, mamanah, mangulon, lsp.

4. Tembung mawa ater-ater tripurusa (dak, kok, di)

daktuku, dakwaca, kokutang, kokiris dialem, lsp.

5. Tembung mawa ater-ater paa. Tembung mawa ater-ater pa- (tanpa hanuswara)

b. Tembung mawa ater-ater pa- (mawahanuswara)

pasumbang, pageblug, paceklik, pasrah, lsp. panacad, panuwun, pamedhar, pangiwa, lsp.

6. Tembung mawa ater-ater pi-

piandel, piwulang, piwales, pisowan, lsp.7. Tembung mawa ater-ater sa-

sadina, sapikul, sajimpit, sakranjang.

II. Seselan = imbuhan sing mapan ana satengahing tembung lingga. 1. Tembung mawa seselan -in-

2. Tembung mawa seselan -um3. Tembung mawa seselan -el-

jinunjung, cinarita, tinulis, binoyong, lsp. gumuyu, sumeleh, gumantung, tumumpang, lsp. gelidrah, jelerit, gelebyar, kelelep, lsp. terembel, gereyong, gerandhul, cerekot, lsp.

4. Tembung mawa seselan -er-

III. Panambang = imbuhan sing mapan ing saburining tembung lingga. 1. Tembung mawa panambang a

banjira, balia, lungguha, suweka, lsp.

2. Tembung mawa panambang an

bedhekan, dolanan, rembugan, lungan, sasen, gulon, kupon, lsp.siramana, tepasana, usapana, dandanana, lsp.

3. Tembung mawa panambang ana

4. Tembung mawa panambang na

kulakna, undurna, siramna, jalukna, lsp.5. Tembung mawa panambang en

rajangen, garapen, kumbahen, gawanen, wacanen, grajinen, lsp.Dudutan : tembung kang awasana aksara

a,i,u,e,o yen oleh panambang -en owah dadi -nen.

6. Tembung mawa panambang ake (-ke)

dibenerake (dibenerke), dicilikake (dicilikke), dakjajakake (dakjajakke), daklonggarake (daklonggarke), lsp.7. Tembung mawa panambang i

dakbayari, didandani, dibubuti, dikandhani, ditaleni, dijamoni, digedheni, lsp.Dudutan : tembung kang awasana aksara

a,i,u,e,o yen oleh panambang - i owah dadi -ni.

8. Tembung mawa panambang e

sungute, sikile, tutupe, ulese, tumane, klambine, sangune, lambene, lsp.Dudutan : tembung kang awasana aksara

a,i,u,e,o yen oleh panambang - e owah dadi -ne.

9. Tembung mawa panambang mu

alismu, bathukmu, igamu, adhimu, lsp.

TEMBUNG RANGKEP1. Tembung rangkep dwilingga a. Tembung dwilingga padha swara; b. Tembung dwilingga salin swara;c. Tembung dwilingga semu;

abang-abang, bapak-bapak, kancakanca, lsp. warna-warni, bola-bali, gonta-ganti, molak-malik, lsp.

andheng-andheng, ondhe-ondhe, undurundur, lsp.

2. Tembung rangkep dwipurwa;

laku = lelaku tuku = tetuku mala = memala guyu = geguyu, lsp.3. Tembung rangkep dwiwasana;

nyuwek = nyuwewek busik = busisik cuwo = cuwowo, lsp

TEMBUNG TANDUK LAN TEMBUNG TANGGAP 1. Tembung tanduk (kata aktif) yaiku tembung kriya mawa ater-ater anuswara, apadene tembung kriya tanpa ater-ater;

turu, tuku, gawe, nyapu, mlaku, mangan, lsp.2. Tembung tanggap (kata pasif) yaiku tembung mawa ater- ater tripurusa (dak, kok, di);

dakpangan, kokpangan, dipangan.

3. Ater-ater tripurusa iku minangka sesulih Purusa :dak Sesulih purusa I (purusa utama)

Tripurusa

kok

Sesulih purusa II (madya purusa)

di

Sesulih purusa III (Pratama purusa)

4. Tembung tanduk I-kriya iku tembung tanduk mawa panambang i (kata kerja aktif);

nyilihi, makani, ndukani, lsp.5. Tembung tanduk ke-kriya iku tembung kriya tanduk mawa panambang ake (kata kerja aktif);

nyilihake, ngeterake, ngarangake, lsp.

6. Tembung tanggap i-kriya iku tembung kriya tanggap mawa panambang i (kata kerja pasif);

dakpakani, koksilihi, digoleki, lsp.7. Tembung tanggap ke-kriya iku tembung kriya tanggap mawa panambang ake (kata kerja pasif);

dakpakakake, koksilihake, digawakake, lsp.

PAMILAHE UKARAMawa tatanan JW (Jejer Wasesa) Mawa tatanan JWL (Jejer Wasesa Lesan) Mawa tatanan JWLK (Jejer Wasesa Lesan Katrangan)

Ukara

1. Tuladhane ukara mawa tatanan JW (Jejer Wasesa);

Wibawa mangan Wibawa = Jejer mangan = Wasesa2. Tuladhane ukara mawa tatanan JWL (Jejer Wasesa Lesan);

Bapak ngunjuk wedang jahe Bapak = Jejer ngunjuk = Wasesa wedang jahe = Lesan

3. Tuladhane ukara mawa tatanan JWLK (Jejer Wasesa Lesan Katrangan);

Ibu mundhut gula ing toko Ibu = Jejer mundhut = Wasesa gula = Lesan ing toko = Katrangan

Pamilahe katrangan (pratelan) ing ukara : a. Katrangan wayah : esuk, sore, saiki, lsp. b. Katrangan cacah : papat, lima, sethithik,

c. Katrangan papan : lapangan, toko, Jakarta, d. Katrangan ukur : dawa, cekak, abot, lsp. e. Katrangan sebab : amarga lara, jalaran lunga,lsp.

sarimbit, lsp.

f. Katrangan maksud : supaya resik, dimen apik,g. Katrangan kahanan : panas, adem ayem,waras, lsp. kareben waras, lsp.

awit isih lara, lsp.

UKARA TANDUK LAN UKARA TANGGAP 1. Ukara tanduk (kalimat aktif) yaiku ukara sing jejere nindakake pegawean;

Wulandari mbukaki buku Pak Madi mriksani sawahe.2. Ukara tanggap (kalimat pasif) yaiku ukara sing jejere dikenani pegawean;

Buku dibukaki Wulandari Sawahe dipriksani pak Madi.

3. Ukara kandha (kalimat langsung) yaiku ukara sing ngandhakake omongan liyan kanthi persis;

Pak guru dhawuh Klas enem kudu bisa dadi tuladhane klas-klas ngisore.4. Ukara crita (kalimat tak langsung) yaiku ukara sing nyritakake omongan liyan mung ringkese wae;

Pak guru ndhawuhi supaya klas enem bisa dadi tuladhane klas-klas ngisore.

UKARA LAMBA LAN UKARA CAMBORAN 1. Ukara lamba (kalimat tunggal) yaiku ukara sing medharake gagasan mung siji;

Wulandari tuku sepatu. Wibawa nunggang jaran.2. Ukara camboran (kalimat majemuk) yaiku ukara sing medharake gagasan luwih saka siji utawa ukara lamba rangkep;

Adhine loma nanging mbakyune cethil. Wirotomo nunggak klas amarga kesed anggone sinau.

AnekdotSawijining dina, ana wong desa kang aran pak Joko lunga menyang kutha, pak Joko gumun weruh bangunan sing gedhe-gedhe. Ana ngarep Bank, pak Joko maca tulisan OPEN ing lawang kaca, pak Joko mikir, Open kok sakmono gedhene, njur rotine sepira ? ora sawetara suwe ana bule arep mlebu bank, pak Joko mbengok, Mas, ojo mlebu, kuwi open ? pak Joko mlenggong ana ngarep bank mau. Ora let suwe maneh ono wong negro metu saka bank. Lha dalah ..., dikandani kok ngengkel, gosong ta !