teks pawartos basa jawa

9
  Pawartos Teks Basa Jawa Narasi Pambuka:Sugeng sonten para pamiarsa, pinanggih maleh kalian kula Adi Nugraha numanthar TVRI Ngayogyakarta ingkang bade ngaturaken pawarta basa jawi. Yogyakarta wonten kalenggahan sonten menika babab wigadi ingkang bade kula aturaken ing antawisipun bab pasar batik mirah kangge mangaharjo pengetan dinten batik nasional, ingkang dipun lajengangen dhening Gubernur Jawi Tengah nithi prekso siaganipun papan kangge pangungsen Merapi ing Magelang sarto pawartos babagan kangen kangenan paguyuban mahesa sejati. Pamiarsa kula aturaken sakcekaping pawarta.

Upload: rindhangbiy

Post on 08-Oct-2015

284 views

Category:

Documents


14 download

DESCRIPTION

bahasa jawaa

TRANSCRIPT

Pawartos Teks Basa JawaNarasi Pambuka: Sugeng sonten para pamiarsa, pinanggih maleh kalian kula Adi Nugraha numanthar TVRI Ngayogyakarta ingkang bade ngaturaken pawarta basa jawi. Yogyakarta wonten kalenggahan sonten menika babab wigadi ingkang bade kula aturaken ing antawisipun bab pasar batik mirah kangge mangaharjo pengetan dinten batik nasional, ingkang dipun lajengangen dhening Gubernur Jawi Tengah nithi prekso siaganipun papan kangge pangungsen Merapi ing Magelang sarto pawartos babagan kangen kangenan paguyuban mahesa sejati. Pamiarsa kula aturaken sakcekaping pawarta.

Narasi:Para pamiarsa, kula aturaken pawartos ongko setunggal.Tanggal 3 Oktober kala wingi mujudaken dinten Batik Nasional, para juragan batik kangge mengeti dinten batik menika nganakaken bazaar batik mirah.

Narator:Bazar Batik Mirah Mengeti Dinten Batik.Kados mekaten meniko, suasana tumampang bazar batik mirah ingkang dipun adhani saweneh prayaan batik ingkang dipun adani mapan ing Malioboro kala wingi. Atusan warga masyarakat ingkang sampun nenggo wiwit enjing saknalika sami rebatan batik. Saksampunipun bazaar dipun awiti, batik ingkang dipun tawaraken wonten bazaar batik menika kalebu hem priyo busana lare lan remaja sarta busana kangge wanita. Busana busana batik menika dipun sadhe kanthi regi wiwit Rp5.000,00 ngantos Rp35.000,00 saben iji nipun. Ing acara menika dipun adani mligi kangge mengeti dinten Batik Nasional, menika nithi nyawesaken 3000 iji batik ingkang leres batik sanes sawujud tekstil nggagrak batik. Acara ingkang nembe dipun adani kangge sepindahan menika dipun tampi kanthi remening penggaleh dening warga masyarakat, awit kanthi acara menika warga rumaos pikanthuk batik ingkang leres batik kanthi regi mirah lan mutunipun batik ingkang dipun sade inggih sae. Warga ngajeb acara kadhes mekaten saget dipun adani ajenging taun-taun ingkang badhe dating. Mekaten palaporanipun Doni Rahmat lan Ambar pratiwi.

Narasi:Para pamiarsa pemilihan putra putrid batik mekaten saget dados satunggaling warono kangge alemaken raosdadosanipun kawula muda dhumatheng batik.Narator:Pasanggiri Model Putra Putri Batik.Kito Ngayogyakarta ingkang ugi kawentar kanthi kesenian batikipun kalenggahan menika suka kalodangan kanggenipum siswa SMP lan SMA dhumateng akathah. Salah satunggalanipun cara inggih lumantar pasanggiri model putra putrid batik kadhos ingkang dipun legsanani ing plataran Taman Pintar Ngayogyakarto rikala wingi siang. 63 panyarta nyartani pasanggiri menika, senadyan panitya mboten matesi gagrag batik ingkang kedhah dipub pilih dening panyarta. Ananging sebagian ageng panyarta milih batik gagrag Ngayogyakarta menika minangka bukti kasilipun krida promosi batik gagrag Ngayogyakarta ingkang kanthinipun menika uga dipun legsanani ing pemkot Kito Ngayogyakarta lan sakdhengah bebadan sanesipun serta masyarakat piyambak.Kejawi kangge nepangaken batik ing sak tengahing kawula muda, acara menika dipun kangge mambaggyo ambal warsanipun kita Ngayogyakarta ingkang kaping 254. Mekaten palaporanipun Oson puti lan Agung Handara.

Narasi:Para pamiarsa babadan ingkang nggadahi kawidhadosan tumrap tosan aji Ngayogyakarta merti karta ngadhani pameran dhuwong.Narator;Pameran dhuwung neksani mapaning plataran ngan joglo griyo dhahar Suwarti Babar Sari Sleman ing dhinten Jemuah sonten kepengker. Kagiatan menika ugi dhados sarana nepangaken lan suka sesuluh dhumateng warga masyarakat ngengingi dino dipun dhuwung dhados symbol lan budaya adi luhung Indonesia. Atusan pandhemen dhuwung sareng sareng lebet lan jawi Ngayogyakarta sarta ngadani lan mrisani pameran dhuwung kadasto mendak pondok lan warangko ingkang dhipun aselaken dhening griyo dhuwung Ngayogyakarta ugi dhipun pameraken ing kalodangan menika. Kanthi menika dipun ajab warga masyarakat pikanthuk seserepan lan penanggih ingkang leres ngengingi mufangat lan ajinipun dhuwung ingkang adi luhung.

Narasi:Kangge ngekalaken kito Ngayogyakarta minangka dhados kito jujugan pariwisata. Dinas pariwisata DIY sabtu sonten kepengker nggadhahi Jogja International Performers. Narator:Rido akbar Jogja Streat International Performers taun 2010 ingkang dipun adhani ing mergi jalan panembahan seno pathi Ngayogyakarta utawi sak ngajengipun Taman Pintar lan gedung Bank Indonesia Ngayogyakarta nyegahaken kesenian saking seiman lebet lan manca negari, kajawi saking sedoyo kabupaten lan kito sak DIY. Seniman asal saking Jepang lan Korea ugi nedhakaken kaprigelanipun. Emanipun acara ingkang dipun ajab dhados salah sayunggaling icon kesenian tataran internasional menika dipun biji tasih saking sikeb professional. Katertiban ingkang mboten kajagi kanthi sae contohipun, sahingga mengaribawani warga ingkang nyekseni acara menika tumplek mlebet ing laladan pundi pagelaran dipun adani malah para bakul dhaharan lan unjukan sami untel ntelan lan mlebet ing panggung pagelaran. Suasana semrawut menika dhamel warga mencol menjani ingkang nyegseni acara menika kuciwa. Mekaten palaporanipun saking Doni Rahmat lan Andom WicaksonoNarasi Punutup:Para pamiarsa kita sumene sak wetawis mrisani giaran pariwara, sumonggo.

Pawartos Ngayogyakarta 12 Jul 2011 | 08:08 WIBWarga Karangjoho Gugur Gunung Bangun MargiKirang murwatipun margi ingkang nyambetaken Padhukuhan Karang Joho, Tri Harjo, Pandhak, Bantul kaliyan tlatah sanes, njalari lampah perekonomian warga angel ngrembaka. Kamangka dhusun punika sugih daya kaskaya, jalaran sawetawis warganipun minangka perajin bathik. Kawontenan punika, njurung warga mbangun margi amrih lampah perekonomian ing tlatah kasebat langkung ngrembaka.

12 Jul 2011 | 08:07 WIBPilihan Dhukuh MaredanTanggal 16 Agustus 2011 benjing, kalenggahan Dhukuh Maredan paripurna. Awit saking punika ing dinten Minggu enjing(10/7), Warga Padhukuhan Maredan, Sendhangtirto, Berbah, Sleman ngadani pilihan dhukuh kanthi cara Pemungutan Suara Langsung. 4 calon dhukuh tumut salebeting pilihan dhukuh kasebat.

12 Jul 2011 | 08:07 WIBMerti Dhusun BintaranSaben wulan ruwah, warga Dhusun Kring Bintaran, Srimulyo, Pleret, Bantul ngadani upacara adat merti dhusun minangka pratelan raos syukur awit kanugrahaning Gusti Ingkang Hakarya Jagat. Kridha kasebat dipun regengaken kanthi pagelaran kethoprak, kirab budaya, lan dipun pungkasi pagelaran ringgit purwa.

12 Jul 2011 | 08:07 WIBKepyakan Yapitu Al Huda PucungSinaosa miturut undhang-undhang warga miskin lan lare yatim dipun tanggel dening nagari, nanging ngantos samangke taksih dipunpanggihaken fakir miskin lan yatim piatu ingkang dereng nampi ladosan samurwat. Awit kawontenan kasebat, warga Pucung, Wukirsari, Imogiri ngedegaken Yayasan Yatim Piatu, Yapitu Al Huda ingkang katujokaken kangge fakir miskin lan lare yatim ing sakiwa tengen Dhusun Pucung

12 Jul 2011 | 08:06 WIBFestival Anak Sholeh Tpa Sa Kecamatan BerbahKangge sepisanan, Takmir Mesjid Nuur Iman, dinten Minggu enjing(10/7), ngadani Festival Anak Sholeh antawisipun TPA sakecamatan Berbah, mapan ing Masjid Nuur Iman, Dhusun Klampok, Sendhangtirto, Berbah, Sleman. Ancasing kridha kasebat kangge suka pembinaan sarta ngrengsengaken kreativitas lan dayanipun lare lare TPA sa Kecamatan Berbah.

12 Jul 2011 | 07:58 WIBTaman Denggung RegengTaman Denggung ingkang dumunung ing sisih kidulipun Lapangan Denggung, Kabupaten Sleman pancen sanes papan wisata komersiil. Ananging jalaran papanipun asri lan dipun jangkepi maneka piranti dolanan lare, wiwit dipun bangun 5 taun kapengker, mliginipun ing wanci liburan sekolah, Taman Denggung tansah regeng.

12 Jul 2011 | 07:57 WIBSudanipun Pasudiyan Njalari Regi Uwos MindhakMindhakipun regi uwos ing Peken Baledono, Kabupaten Purworejo, Jawa Tengah samangke nggayuh Rp. 800,- dumugi Rp. 1.000,- saben kilonipun. Miturut para bakul uwos, bab kasebat jalaran kathah tengkulak ingkang numbas gabahipun kadang tani, ingkang mahanani mindhakipun regi uwos.