unggah – ungguh basa jawa

36
UNGGAH – UNGGUH BASA JAWA Presented By : Prasetyo Adi Tunggal, S.Pd

Upload: viet

Post on 13-Jan-2016

918 views

Category:

Documents


117 download

DESCRIPTION

UNGGAH – UNGGUH BASA JAWA. Presented By : Prasetyo Adi Tunggal, S.Pd. Undha usuking basa Jawa. Kaperang dadi lima (5) : Basa Ngoko . Basa Madya . Basa Krama . Basa Kedhaton / Bagongan . Basa Kasar. Basa Ngoko. Basa Ngoko kaperang dadi : Ngoko Lugu. Ngoko Andhap. - PowerPoint PPT Presentation

TRANSCRIPT

Page 1: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

UNGGAH – UNGGUH

BASA JAWA

Presented By :

Prasetyo Adi Tunggal, S.Pd

Page 2: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

Undha usuking basa Jawa

Kaperang dadi lima (5) :

1.Basa Ngoko.2.Basa Madya.3.Basa Krama.4.Basa Kedhaton/Bagongan.5.Basa Kasar.

Page 3: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

Basa NgokoBasa Ngoko kaperang dadi :

1. Ngoko Lugu.2. Ngoko Andhap.

Ngoko Andhap kaperang dadi :1. Antya Basa.2. Basa Antya.

Page 4: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

Basa Madya

Basa Madya Kaperang dadi :1.Madya Ngoko.2.Madyantara.3.Madya Krama.

Page 5: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

Basa KramaBasa Krama kaperang dadi :1.Kramantara.2.Mudha Krama.3.Wredha Krama.4.Krama Inggil.5.Krama Desa.

Page 6: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

Basa Kedhaton(Kraton Surakarta

Hadiningrat)

Basa Bagongan(Kraton Ngayogyakarta

Hadiningrat)

Page 7: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

Basa Ngoko

A. Ngoko LuguBasa Ngoko Lugu iku wujud tembunge ngoko, ora ana

tembung kramane.Dene yen ana tembung kramane, mung kanggo wong sing digunem

wae.

Page 8: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

Basa Ngoko Lugu mau kanggo :

1. Marang sapepadha-padha kang wis kulina banget.

2. Marang wong kang kaprenah enom utawa sor-sorane.

3. Marang bocah kang luwih cilik kang durung bisa guneman ganep.

4. Yen lagi ngunandika (nguda rasa).

Page 9: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

B. Ngoko Andhap

Basa Ngoko Andhap iku basa kang luwih alus sarta luwih ngajeni.

Page 10: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

Wujude basa Ngoko Andhap :

Marang wong sing diajak guneman

(yen dirasa kurang ngajeni),Basane sok dicampur nganggo

tembung saka basa Krama Inggil/Krama.

Page 11: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

Basa Ngoko Andhap bisa diperang dadi :

1. Antya Basa : Wujude tembung mung Ngoko lan Krama Inggil.

2. Basa Antya :Wujud tembunge Ngoko, Krama Ing-gil, lan Krama.

Page 12: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

Tuladha :1. Antya Basa :

Mas, aku nyuwun ngampil kagungane buku sawengi wae.

2. Basa Antya :Mas, aku ora bisa nyaosi apa-apa marang panjenengan, kajaba mung bisa ndherek muji rahayu, muga-muga panjenengan saged remen lan saged ngangsu kawruh ingkang migunani tumrap bangsa lan negari.

Page 13: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

Tembung-tembung sing ora kena dikramakake ana ing Basa Antya yaiku : aku, ana, apa, …ake, arep, bae, dak…, si…, dudu, durung, marang, enggon, endi, …e, mi, iya, isih, maneh, mung, marang, menyang, manawa, marga, mengko, mangkene, mangkono, …mau, …ne, nganti, ora, pira, sing, saiki, saprene, semene, utawa, lan wis.

Page 14: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

Basa Ngoko Andhap kanggo :

1. Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur derajade.

2. Bojone priyayi marang garwane.

3. Priyayi marang priyayi yen wis kulina Ngoko-ngokonan.

Page 15: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

Basa Madya :Basa Madya iku basa kang

ana ing antarane basa Ngoko lan basa Krama.

Wujude basa Madya yaiku : tembung Madya dicampur

tembung Ngoko utawa tembung Krama.

Page 16: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

Manut wujude basa Madya kaperang dadi :

A. Madya NgokoΦ Madya (ater-ater lan

panambange Ngoko).Φ Tembung-tembunge Ngoko.Φ Dika, mang, samang.

Page 17: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

Basa Madya Ngoko iku lumrahe kanggo :

1.Bakul padha bakul.2.Priyayi marang sor-sorane.

Tuladha :Dika niku klebu beja, olehe panen

pari boten enten sing gabug, samang napake ta ?

Page 18: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

B. MadyantaraBasa Madyantara iku wujud

tembunge :

1. Madya (ater-ater lan panambange ngoko).2. Ngoko.3. Kang slira (sampeyan), pangkate, sesebutan (paprenahan).

Page 19: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

Sing nganggo basa Madyantara :

1. Padha-padha priyayi sing wis kulina.

2. Bojone priyayi marang sing lanang (yen durung kebajut Ngoko).

3. Priyayi marang sanake tuwa kang luwih asor.

Page 20: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

Tuladha :

Sampeyan niku pripun ta mas, Seprika-sepriki kok boten enten

sudane.

Page 21: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

C. Madya Krama

Basa Madya Krama iku wujud tembunge :

1. Madya (ater-ater lan panambange ngoko ).

2. Tembunge Krama lan Krama Inggil.

3. Sampeyan, pangkat, sesebutan lan paprenahan.

Page 22: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

Sing nganggo basa Madya Krama :

1. Padha-padha priyayi sing wis kulina.

2. Bojone priyayi marang sing lanang (yen durung kebajut ngoko).

Page 23: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

Tuladha :

Mas, timbangane sampeyan nggresula ngoten niku, bok luwung ngenggar-enggar

penggalih lan nyeyuwun teng Pangeran, mugi-mugi pinaringan

gesang mulya, tentrem boten wonten sambikala.

Page 24: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

Basa Krama :

Basa Krama iku basa kang ngajeni marang wong liya

kang diajak guneman.

Basa Krama Kaperang dadi 3.

Page 25: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

A. KramantaraBasa Kramantara iku wujud

tembunge Krama Lugu tanpa nganggo Krama Inggil.

Kanggone :Tumrap sapadha-padha, utawa priyayi kang rumangsa menang

drajade karo sing diajak guneman.

Page 26: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

Tuladha :

Mangga sami dipun manah, punapa sebabipun dene wonten

bangsa kita, ingkang dereng saged nata gesangipun piyambak.

Page 27: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

B. Basa Mudha Krama

Sing nganggo basa Mudha Krama yaiku :

1. Wong enom marang wong tuwa.

2. Batur marang bendarane (sing dudu darah ngaluhur).

3. Kanca padha kanca sing durung kulina.

4. Reh-rehan marang pimpinane (sing dudu darah ngaluhur).

Page 28: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

Wujude basa Mudha Krama :

1. Tembunge Krama (ater-ater lan Panambange Krama).

2. Krama Inggil (tumrap wong sing diajak guneman).

Tuladha :

Kala wingi anggen kula ngentosi panjenengan ngantos dangu, nanging boten rawuh-rawuh.

Page 29: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

C. Wredha Krama

Basa Wredha Krama iku wujud tembunge :

1.Krama (ater-ater lan panambange Ngoko).2.Tanpa Krama Inggil (tumrap wong sing diajak guneman).

Page 30: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

Sing nganggo basa Wredha Krama yaiku :

1. Wong tuwa marang wong enom.

2. Wong tuwa marang sapepadhane.

Tuladha :Prayogane nak, sampeyan kedah

gadhah gegayuhan ingkang luhur, supados benjinge boten kacuwan, amargi tiyang sepuh

boten kenging dijagegaken selami-lamine.

Page 31: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

Krama Inggil :Basa Krama Inggil iku basa kang ngajeni banget (kaya dene basa Mudha Krama).

Wujud tembunge :1.Panambang mu, ewah dadi dalem utawa kagungan dalem.2.Tembung aku, ewah dadi abdi dalem kawula, abdi dalem, adalem, dalem, kawula, utawa ingkang abdi.

Page 32: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

3. Kowe ewah dadi panjenengan dalem (sampeyan dalem mung kanggo para nata/ratu).

Tuladhane :Abdi dalem keparenga munjuk

atur, mugi wontena karsa dalem tindak nitih montor

miyos dusun Nglaba kemawon, amargi kreteg Kaliwingan

nembe rusak.

Page 33: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

Krama DesaKrama Desa iku dudu basa kang alus. Wujud tembunge ana sing

meh padha karo basa Krama (tembung Krama dikramakake

maneh), ana sing nganggo tembung Krama Inggil utawa

tembung Kawi.Tuladha :Pasiten kula, kula dhawuhi

watesan nanging boten ngekap amargi kekhatahen jawahe, boten

kados mangsa ketigen.

Page 34: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

Basa Kedhaton

Basa Kedhaton iku basane para sentana utawa abdining nata, yen

lagi padha guneman ana ing sajroning cepuri utawa ana ing

ngarsane Sang Nata/Ratu (Pangeran Adipati Anom).

Page 35: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

Basa Kasaryaiku basane wong kang lagi pada

srengen, padu, utawa basane wong sing lagi nesu.

Tuladha :Kowe kuwi kok goblog kaya kebo,

nggarap ngono wae ora jegos, utekmu kuwi kebuntel lethong

apa piye ?!

Page 36: UNGGAH – UNGGUH BASA  JAWA

The End