cerkak

11
CERKAK Dening : Sdwijosusastro KOMPETENSI DASAR: 4.3 MEMAHAMI CERITA PENDEK BERBAHASA JAWA

Upload: sujarnodimejo

Post on 12-Feb-2017

251 views

Category:

Presentations & Public Speaking


6 download

TRANSCRIPT

Page 1: Cerkak

CERKAKDening : Sdwijosusastro

KOMPETENSI DASAR:4.3 MEMAHAMI CERITA PENDEK BERBAHASA JAWA

Page 2: Cerkak

CERKAK?• Cerkak utawa carita cekak (short-short

story) mono mung isi andharan sakeplasan tumrap wong (paraga) sing dadi jejering crita. Caritane ora jero-jero, mung cekakan wae. Senajan cekak caritane wis rampung, lan cacahing tembung kira-kira mung 5000 – 10000 - nan tembung.

Page 3: Cerkak

Ciri-ciri cerkak

1. Fiktif2. Naratif3. Nyaritakake sawijining paraga/tokoh4. Critane mung cekak5. Rampung diwaca mung salungguhan

Page 4: Cerkak

Unsur Intrinsik Cerkak• Paraga (tokoh lan penokohan)• Watak• Latar, Setting • Alur, Plot • Sudut pandang / dhapukaning paraga• Tema• Amanat

Page 5: Cerkak

PARAGA

1. Paragatama, tokoh sentral, tokoh utama yaiku paraga kang dadi lajer jutawa bakuning crita

2. Tokoh Protagonis, yaiku tokoh kang tansah mbiyantu utawa sejalan karo paragatama

3. Tokoh Antagonis, yaiku tokoh kang tansah dadi reridhe lan pepalang paragatama

4. Tokoh Tritagonis, yaiku tokoh kang bisa nengahi antarane tokoh paragatama lan tokoh antagonis

5. Tokoh bayangan, yaiku tokoh kang mung ana ing narasi crita, nanging ora ana aktifitas kang diandharake dening penulis carita.

Page 6: Cerkak

WATAKGegambarane wewatekane tokoh, wateke becik (protagonist) apa wewatekane ala lan tansah ngreridhu paraga pokok (antagonis)CARANE NGERTENI WATAK TOKOH:1. Narasi 2. Deskripsi tokoh3. Dialog tokoh4. Gagasan tokoh

Page 7: Cerkak

LATAR - SETTING

1. Latar papan, Nuduhake papan kadadeyan ing crita mau.2. Latar wektu, Nuduhake perkara kang ana sambung rapete karo wektu dumadine carita. Kayata: saiki, mau, biyen, mengko sore, sasi wingi, lsp.3. Latar sosial, Nuduhake perkara kang ana sambung rapete karo kahanane panguripan ing bebrayan (masarakat) kayata: agama, pagaweyan, politik, lsp.

Page 8: Cerkak

Alur, Plot

• Unsur kang awujud rerangkèn lakuning kadadeyan sajroning crita , bisa alur maju utawa progresif , bisa alur mundur utawa flash back , utawa uga bisa alur campuran.

Page 9: Cerkak

Sudut pandang / dhapukaning paraga

Sudut pandang orang pertama, yaiku crita kang paragatamane si pangripta utawa si pengarang crita dhewe, “aku”

Sudut pandang orang pertama pembantu, yaiku nalika paraga “aku” sajroning crita sipate mung mbantu kanggo nyaritakake paraga liya kang dianggep luwih utama

Sudut pandang orang ketiga serba tahu, yaiku carita kang pangriptane ana sajabane carita, lan ngerti kabeh kang lumaku, malah ana kalane pangripta bisa wawan gunem karo sing maca.

Sudut pandang orang ketiga terbatas, yaiku pangripta ana sajabaning carita mau mung winates ngertine, dheweke mung ngerti salah sawijining kadadeyan sakperangan paraga sajroning crita.

Page 10: Cerkak

TEMA• Tema utawa sarining carita iku

akeh banget, gumantung penulis arep nganggo lan nyaritakake bab apa.

Page 11: Cerkak

AMANAT

Amanat utawa wasita (naséhat) kang bakal diwenehake dening pengarang marang sing maca crita