berita basa jawa

9
Pahargyan Tekane Warsa Enggal 1 Sura 1944 Kamis, 01/12/2011 Pahargyan agung tekane taun anyar miturut petungan penanggalan Islam kang asring kasebut 1 Muharram 1433 Hijriyah, utawa 1 Sura 1945, nembe wae diadani. Dina Minggu Wage (27/11) kepungkur, warga ing tlatah Ngayogyakarta, pada mangayubagya tekane warsa enggal iku. Sabarang upacara diadani dening warga, kanggo ngregengake tekane warsa enggal iku. Kaya kang wus dadi adat sabene, ing Karaton Ngayogyakarta, malem siji Sura, kang ngepasi ing dina Setu Pon (26/11) diadani upacara tradhisi umbul donga lan lampah tapa bisu mubeng Beteng. Miturut Sekretaris paguyuban abdi dalem Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat, Kanjeng Mas Tumenggung Condropurnomo, adicara kang diadani ing malem Siji Sura yaiku wilujengan kang diadani ing Keben Kraton, kanti umbul donga, nyeyuwun supaya kabeh warga tansah diparingi katentreman. Sakwuse diadani umbul donga, sakbanjure diadani tirakatan kanthi tembang macapatan. “Tembang macapat kang ditembangake nduweni teges kayadene donga, salah sawijine nyeyuwun lan ndedonga supaya Undhang-undhang Keistimewaan Ngayogyakarta bisa enggal rampung,” ngono ngendhikane Mas Tumenggung Condropurnomo. Sakliyane iku, warga uga padha ngadani tradhisi lampah bisu mubeng Beteng. Sajatine, tradisi tapa bisu mubeng beteng dhewe dudu tradisi kang diadani dening Karaton. Tradisi iki saktemene mung diadani dening para abdi dalem kaprajan lan punakawan Karaton. Sanadyan mengkono, tradisi iki tetep lestari lan tetep disengkuyung dening kabeh warga, lan dadi salah sawijining tradisi kang perlu dilestarekake.

Upload: satrioireng

Post on 25-Jul-2015

251 views

Category:

Documents


1 download

TRANSCRIPT

Page 1: Berita Basa Jawa

Pahargyan Tekane Warsa Enggal 1 Sura 1944

Kamis, 01/12/2011

Pahargyan agung tekane taun anyar miturut petungan penanggalan Islam kang asring kasebut 1 Muharram 1433 Hijriyah, utawa 1 Sura 1945, nembe wae diadani. Dina Minggu Wage (27/11) kepungkur, warga ing tlatah Ngayogyakarta, pada mangayubagya tekane warsa enggal iku. Sabarang upacara diadani dening warga, kanggo ngregengake tekane warsa enggal iku.

Kaya kang wus dadi adat sabene, ing Karaton Ngayogyakarta, malem siji Sura, kang ngepasi ing dina Setu Pon (26/11) diadani upacara tradhisi umbul donga lan lampah tapa bisu mubeng Beteng.

Miturut Sekretaris paguyuban abdi dalem Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat, Kanjeng Mas Tumenggung Condropurnomo, adicara kang diadani ing malem Siji Sura yaiku wilujengan kang diadani ing Keben Kraton, kanti umbul donga, nyeyuwun supaya kabeh warga tansah diparingi katentreman.

Sakwuse diadani umbul donga, sakbanjure diadani tirakatan kanthi tembang macapatan. “Tembang macapat kang ditembangake nduweni teges kayadene donga, salah sawijine nyeyuwun lan ndedonga supaya Undhang-undhang Keistimewaan Ngayogyakarta bisa enggal rampung,” ngono ngendhikane Mas Tumenggung Condropurnomo.

Sakliyane iku, warga uga padha ngadani tradhisi lampah bisu mubeng Beteng. Sajatine, tradisi tapa bisu mubeng beteng dhewe dudu tradisi kang diadani dening Karaton. Tradisi iki saktemene mung diadani dening para abdi dalem kaprajan lan punakawan Karaton. Sanadyan mengkono, tradisi iki tetep lestari lan tetep disengkuyung dening kabeh warga, lan dadi salah sawijining tradisi kang perlu dilestarekake.

Ing Kabupaten Kulonprogo, maewu-ewu warga uga mahargya tekane warsa enggal kanthi sabarang laku. Salah sawijine papan kang penting kanggo laku prihatin yaiku ana ing pucuking Gunung Suroloyo, ing Desa Gerbosari, Kecamatan Samigaluh. Wiwit dina Setu Pon sore, ewon warga wus wiwit teka ing Suroloyo, sakperlu manekung marang Gusti. Sakbanjure ing dina Minggu esuk, uga diadani jamasan pusaka tilaran Dalem Sri Sultan Hamengku Buwono kang kaping Sanga, yaiku Tombak Manggala Murti lan Songsong Manggala Dewa. Pusaka iku dijamasi ana ing Sendhang Kawidodaren kang uga mapan ing sakkiwa tengene Gunung Suroloyo.

Ing Kabupaten Bantul, warga mangayubagya tekane warsa enggal uga kanti upacara tradhisional, kayadene kang diadani warga ing Pesisir Samas. Warga ngadani upacara tradhisional Kirab Tumurunie Maesa Sura ing Dhusun Ngepet, Desa Srigading, Kecamatan Sanden. Ing adicara iki, sakliyane umbul donga,

Page 2: Berita Basa Jawa

warga uga padha ngadani sesajen kang dilabuh ing segara, kayadene tumpeng, ingkung, lan sakpanunggalane. 

“Wiwitane ing jaman mbiyen amung sesaji, ananging wiwit 2009, tradhisi iki didadekake kesenian tradhisional kanthi ditambahi kayadene anane sendratari lan uga kirab gunungan,” ngono ngendikane Kepala Desa Srigading, Dwi Raharjo, nalika ditemoni sakbubare adicara. Miturut Dwi Raharja, kanthi anane upacara iku, warga precaya menawa taun anyar kang bakal teka bakal bisa menehi berkah kanggo kabeh warga.

Ing tlatah Desa Kemadang, Kecamatan Tanjungsari, Gunungkidul, warga uga ngadani tradhisi sedekah laut ing Pesisir Kukup.

Miturut Samidin, juru kunci Pesisir Kukup, sedekah laut kang diadani mujudake upacara nyeyuwun marang Gusti supaya kabeh warga, bakune para nelayan kang ana ing Pesisir Kukup tansah diwenehi keslametan sarta diwenehi rejeki kang agung.

“Sedekah laut dileksananake bebarengan kalawan tekane warsa enggal utawa Siji Sura,” ngono ngendikane Samidin, Setu (26/11) kepungkur.

Ing tradhisi iki, warga uga nglarung ubarampe ing tengah laut kanthi pangajab mbuang kabeh rubeda kang bakal nggagu warga. Miturut Samidin, upacara larung iki kudu diadani supaya kabeh warga tansah oleh keslametan. (Harian Jogja/IAN/ARI/NIA/AMU/PAN)

Page 3: Berita Basa Jawa

Pisungsung, Mujudake Katresnane Rakyat Marang Ratu

Rabu, 26/10/2011

Rasa bagyane Karaton Ngayogyakarta nalika ndhaupake putri Sri Sultan Hamengku Buwono X, GKR Bendara lan KPH Yudanegara uga dirasakake kabeh rakyat Ngayogjakarta. Bab iki dibuktekake kanthi anane serah-serahan utawa pisungsung saka rakyat ing Ratan Malioboro.

Sosiolog saka UGM, Sunyoto Usman, mratelakake carane mujudake rasa sukur lan bagyane rakyat liwat serah-serahan utawa pisungsung iki dadi tradhisi kang prelu dijaga lan diopeni selawase. ”Iki kalodhangan kang becek. Jawa nduwe tradhisi, prelu digatekake. Apa maneh masarakat modheren ora bisa mangsuli kabutuhan budayane kayata gotong royong utawa tulung tinulungu,” ujare Sunyoto.

Pisungsung kasebut tersebut, jarene, uga mujudake rasa kang nyata saka rakyat marang adicara pawiwahan ageng iku. Miturut piyambake, ora ana upaya kanggo meksa saka pehak ngendi wae, jalaran rakyat nduweni kekarepan dhewe lan atine melu keceluk kanggo melu mangyubagya dhaup ageng kanthi bebarengan.

Miturut Sunyoto, regenge adicara dhaup ageng mantu kaping sekawan Sri Sultan Hamengku Buwono X iki minangka kaca benggalaning isi atine masarakat Ngayogjakarta marang pamarentah pusat. “Iki kabeh kaya dadi pesene rakyat Ngyogjakarta kang wus dikiwakake dening pamarentah pusat. Rakyat Ngayogjakarta rumangsa wus anal an mapan suwe sadurunge NKRI mardika. Dadi aja dikiwakake,” tandhese.

Ing sisih liya, piyambake mbiji lakune pamarentah pusat kang isih narik-ngulur ngenani DIY uga nggawa mupangat kang becik. Saora-orane, rakyat bakal luwih kenceng njaga keistimewaan. Ngayogjakarta kanthi ajeg ngumbulake budaya ing urip padinan. Cara iki bisa dadi bargaining power tumrap Ngayogjakarta kang kondhang karo budayane kanggo njaga keistimewaan Ngayogjakarta.

Page 4: Berita Basa Jawa

Bathik Tinemu Kanthi Othak-Athik

Selasa, 18/10/2011

Saben dina Jemuwah, mligine ing Kutha Solo, para pegawe pamarentah padha nyandhang busana bathik. Semono uga para pegawe swasta lan para siswa sarta guru ing papan pawiyatan. Dene ing dina liyane, ya akeh banget warga kang nyandhang busana bathik. Ora amung nalika njagong manten, nanging kanggo busana padinan.

Pancen, nalika nyandhang busana bathik, ora tuwa ora mudha, ora lanang ora wadon, dadi katon mriyayi. Kari pilihan cakrike wae sing ditrepake karo werna kulite, dedege, lan miturut kekaremane. Busana bathik sing disandhang iku uga maneka warna modhele. Ana sing lengen dawa, lengen cendhek lan uga ana sing direkadaya dadi luwih gaul. Apa maneh nalika pengetan Hari Batik kang ajeg dipengeti saben tanggal 2 Oktober, akeh banget adicara kang digelar kanggo ngregengake Hari Batik iki. Wong-wong banjur kaya dene melu lomba nyandhang busana bathik lan apik-apikan cakrik.

Bab cakrik bathik iki, miturut sejarawan saka UNS Solo, Sudarmono SU, ana sesambungane karo laku sujarah sarta kiprahe wanita kang melu ngrembakakake bathik. Miturut dhosen Ilmu Sejarah FSSR UNS iki, jaman mbiyen wanita kang krama karo among tani wegah diarani wong nganggur utawa amung kajibah momong anak thok. Para wanita tani iku uga butuh samben gaweyan. Kanthi ajar ngothak-athik bab apa wae wusanane banjur ketemu bathik.

“Saka othak-athik iku banjur ketemu cakrik bathik kang kapisan yaiku cakrik semen. Asale saka tembung semi kang ateges bebas. Bebas miwiti saka ngendi wae lan bebas ngrekadaya cakrik. Amung wae ana sesambungane karo simbul urip kang nglimputi anasir banyu, geni, angin lan lemah,” piterange Sudarmono.

Simbul-simbul urip iku sabanjure digambarake kanthi ornamen bathik. Simbul banyu kajabarake jroning gambar iwak-iwakan utawa sisik iwak tinumpukan. Simbul geni kawujudake jroning gambar gunung. Mula, ciri mligine cakrik semen mesthi ana gambar gununge. Dene simbul lemah bisa dijabarake liwat gambar kewan nggremet, upamane ula lan sapanunggalane. Manawa simbul angin iku kajabarake jroning gambar iber-iberan, kayata manuk garuda kanthi suwiwine sing jembar banget.

“Cakrik semen iki sajane arep digawe abang-putih. Dhasarane putih saka kain mori lan werna abang ditambahake ing cakrike. Nanging jaman semana during ana werna abang asli, nanging abang soga. Mula, bathike wernane abang soga kanthi dhasaran putih, nggambarake werna getihe manungsa lan tlutuh utawa getihe tetuwuhan. Saka iki wae wus cetha manawa bathik iku nggambarake selarasing urip,” pratelane.

Page 5: Berita Basa Jawa

Sawuse kena pangaruh kain lurik, cakrik bathik banjur ngrembaka dadi cakrik jinis lereng. Jalaran kain lurik iku ora bisa diluk, dadi cakrike ngetutake ndjlujure garis. Mula, tuwuh cakrik bathik lerengan. Ing ngrembakane, antuk pangaruh geometris yaiku cakrik tenun dhaerah Timur. Saka kuwi cakrik bathik banjur ngrembaka maneh dadi parang rusak, wahyu tumurun, sidoluhur lan sapanunggalane.

“Cakrik parang-parangan iku metu saka pangaruh cakrik lereng kang dadi cakrik kekaremane karaton. Ana cakrik lereng sing paling digandrungi ratu yaiku kawung, sing wujude bunder-bunder kaya endhog lan padha ketemu banjur mbentuk gambar kaya lintang. Filosofi-ne kawung iki yaiku awang-uwung. Yaiku donya iki nalika digoleki anane amung awung-uwung utawa nul,” ujare.

Ngrembakane maneka warna jinis cakrik bathik iku, jarene Sudarmono, uga kena pangaruhe karaton. Upamane cakrik jinis semen sing maune bisa bebas direkadaya, nalika kena pangaruh priyayi karaton, kudu ana tambahan gambaran miniatur wangunan karaton. Manawa ngetutake petang anasir ing ndhuwur mau, sabanjure kari ditambahi gambar wangunan karaton.

“Rikala semana, cakrik bathik sing disandhang wong iku ora kena sembarangan. Lan cakrik bathik iku bisa kanggo nengeri status sosial-e. Upamane cakrik sidoluhur, sidomukti iku kanggo abdi dalem, priyayi karaton, lan cakrik bathik sing kanggo masarakat lumrah iku ya ana dhewe,” tambahe.

Jaman mbiyen cakrik bathik iku kaya-kaya wus ana standardidasi-ne dhewe. Upamane cakrik semen, parang klithik, parang rusak, iku sing kaya ngono kuwi. Dene jaman modheren iki, para seniman bathik luwih luwes lan bisa bebas ngrembakakake angulir budine kanggo ngrekadaya cakrik-cakrik anyar. Antarane cakrik siji lan sijine bisa dicampur lan pilihan wernane ya luwih nengsemake.

Page 6: Berita Basa Jawa

Mbangun Rasa Tresna Marang Kabeh Kang Urip

Kamis, 06/10/2011

Para kadang tani ing Padhukuhan Karang, Desa Gerbosari, Kecamatan Samigaluh,  Kulonprogo, dina Selasa Kliwon (4/10), ngadani tradhisi Baritan. Tradhisi iki mono mujudake tradhisi turun temurun kang ditindakake sakbubare panen pari ing saben taun.

Tradhisi Baritan diwiwiti kanti kirab dening ibu-ibu kadang tani udakara cacah 20, kang kabeh ngagem jarit lan nggawa tenggok isi asil panenan kayata pari, jagung, tela lan janganan. Ing kirab ugo ana gunungan cacah loro kang dikirab, yaiku gunungan panenan lan sijine gunungan jajan pasar. Sakbanjure gunungan dikirab tumuju ing laladan utawa sawah kang nembe wae ditanduri lan digarap dening para tani.

Sesepuh Dhusun Karang, J. C. Kustanto ngendika, baritan iku saka tembung lebar rit-ritan, kang tegese wayah sakbubar ngarit damen, sakbubare panen. Mula iku, tradhisi kang wus dilakoni wiwit jaman mbiyen iku tekan sakiki ora nate kendhat lan tansah diadani.

Rikala semana, baritan dilakoni dening kadang tani kanti nggawa rajakaya, yaiku sapi, wedhus lan kebo tumuju alas. Rajakaya dikalungi kupat lan diumbar. Para tani padha ndedonga, banjur leyeh-leyeh kanthi mangan kupat, nganti wayah surup. Kupat mono nduweni teges ngaku lepat, yaiku ngakone salah merga rajakaya akeh kang ora kerumat kanti apik. Saksuwene adicara iku, kadang tani  ana kang resik-resik omah lan kandang, supaya yen rajakaya bali menyang kandang, dadi mundak ayem.

Upacara Baritan kang diadani Selasa sore wingi, kadang tani uga nggelar jatilan. Bubar kirab, gunungan panenan lan jajan pasar banjur dienggo rebutan dening bocah-bocah. Para kadang tani leyeh-leyeh kanthi dhahar kupat, tempe, tahu lan pelas.

Kustanto ngendika, ing wayah iku, kadang tani bisa ngrasakake alam donya, langit kang padhang, gunung kang dhuwur, wit-witan kang ijo, alas kang ombo, manuk kang mabur ing awang-awang, rajakaya kang pating sliwer lan banyu mili.

“Ing sandhing alam iku, manungsa dikarepke bisa rumangsa alit ing ngarepe Gusti Allah, banjur bisa nambah iman,” ngono ngendikane Kustanto.

Ing upacara iku uga ana banyu kembang saka kembang telung warna, yaiku mawar, melati lan kenanga. Kembang-kembang ikut duwe teges kamulyan lan pangarep-arep berkahing Gusti Allah. Banyu kembang iku banjur disiramke ing rajakaya, kang dipercaya bisa ndadekake bagas waras.

Page 7: Berita Basa Jawa

Banyu kembang ugo disiramke ing alas supaya lemah dadi subur. Panyiraman iku uga ngemu donga supaya Gusti Allah tansah maringi berkah marang apa wae kang dadi sumber panguripane para kadang tani. Dene kanggo tolak bala ama tanduran, para kadang tani nyiramake banyu dlingo bengle. Tembang Gambuh Baritan dikumandangke kanggo pitutur polah kang kalantur.

Kustanto ngendika, upacara adat baritan kang rikala semana durung duwe teges, ing wayah iki diweneni teges rasa syukur marang Gusti Allah, mbangun rasa tresna marang sakkabehing makhluk urip, kalebu kewan lan lingkungan, nambahi semangat anggone nggarap alas lan uga nguri-uri budaya.(Harian Jogja/Nina Atmasari)