kb-2 basa ngoko alus 1. -...

33
[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS] | Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 1 URAIAN MATERI KB-2 BASA NGOKO ALUS 1. Tegese Ngoko Alus Ngoko alus yaiku unggah-ungguh basa sing ngemot leksikon ngoko, leksikon netral, lan leksikon krama. Leksikon krama digunakake kanggo atur pakurmatan marang mitra wicara. Padatan leksikon krama sing digunakake awujud tembung aran, tembung kriya, lan tembung sesulih. Manawa ana leksikon krama andhap, padatan awujud tembung kriya utawa tembung aran (Sasangka, 2007). Miturut Harjawijana & Supriya (2009: 51) basa ngoko alus saged mbangun swasana ingkang endah lan elok. Uwong sing nggunakake basa ngoko alus anggone omongan karo uwong sing duwe status luwih asor, tetembungan dhasare awujud ngoko antuk tambahan leksikon krama utawa krama inggil supaya tuwuh rasa sing rumaket. Dadi ora ana let (jarak) tumrap uwong sing diajak micara. Sejene kuwi, leksikon krama lan krama inggil sing kacampur bisa nuwuhake rasa urmat. 2. Titikane Ngoko Alus Unggah-ungguh basa ngoko alus bisa katitik saka: a. Dumadi saka leksikon ngoko/netral + leksikon krama/krama inggil. b. Tetembungan kang gayutan karo wong sing diajak guneman utawa wong liya sing dirembug nggunakake krama inggil. c. Tetembungan sing kanggo awake dhewe nggunakake ngoko lugu utawa krama andhap. d. Tembung sing diowahi krama inggil mung tembung linggane. e. Leksikon krama inggil awujud tembung aran, tembung kriya, lan tembung sesulih. f. Wuwuhan awujud ater-ater (afiks), seselan (infiks), lan panambang (konfiks) tetep ngoko. 3. Tetembungan Ngoko Alus Tetembungan sing padatane ana ing ragam ngoko alus yaiku dhasare ngoko utawa leksikon netral, krama, lan krama inggil. Tembung sing kanggo awake

Upload: trinhquynh

Post on 29-Apr-2019

660 views

Category:

Documents


85 download

TRANSCRIPT

Page 1: KB-2 BASA NGOKO ALUS 1. - ppg.spada.ristekdikti.go.idppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/30984/mod_label/intro...[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS] | Kenfitria

[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]

| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 1

URAIAN MATERI

KB-2 BASA NGOKO ALUS

1. Tegese Ngoko Alus

Ngoko alus yaiku unggah-ungguh basa sing ngemot leksikon ngoko, leksikon

netral, lan leksikon krama. Leksikon krama digunakake kanggo atur pakurmatan

marang mitra wicara. Padatan leksikon krama sing digunakake awujud tembung

aran, tembung kriya, lan tembung sesulih. Manawa ana leksikon krama andhap,

padatan awujud tembung kriya utawa tembung aran (Sasangka, 2007). Miturut

Harjawijana & Supriya (2009: 51) basa ngoko alus saged mbangun swasana

ingkang endah lan elok. Uwong sing nggunakake basa ngoko alus anggone

omongan karo uwong sing duwe status luwih asor, tetembungan dhasare awujud

ngoko antuk tambahan leksikon krama utawa krama inggil supaya tuwuh rasa

sing rumaket. Dadi ora ana let (jarak) tumrap uwong sing diajak micara. Sejene

kuwi, leksikon krama lan krama inggil sing kacampur bisa nuwuhake rasa

urmat.

2. Titikane Ngoko Alus

Unggah-ungguh basa ngoko alus bisa katitik saka:

a. Dumadi saka leksikon ngoko/netral + leksikon krama/krama inggil.

b. Tetembungan kang gayutan karo wong sing diajak guneman utawa wong

liya sing dirembug nggunakake krama inggil.

c. Tetembungan sing kanggo awake dhewe nggunakake ngoko lugu utawa

krama andhap.

d. Tembung sing diowahi krama inggil mung tembung linggane.

e. Leksikon krama inggil awujud tembung aran, tembung kriya, lan tembung

sesulih.

f. Wuwuhan awujud ater-ater (afiks), seselan (infiks), lan panambang (konfiks)

tetep ngoko.

3. Tetembungan Ngoko Alus

Tetembungan sing padatane ana ing ragam ngoko alus yaiku dhasare ngoko

utawa leksikon netral, krama, lan krama inggil. Tembung sing kanggo awake

Page 2: KB-2 BASA NGOKO ALUS 1. - ppg.spada.ristekdikti.go.idppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/30984/mod_label/intro...[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS] | Kenfitria

[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]

| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 2

dhewe nggunakake ngoko utawa leksikon netral. Manawa kanggo mitra wicara

utawa ngrembug wong liya lumrahe nganggo krama lan krama inggil. Ing ngisor

iki ana tuladha tetembungan ngoko sing duwe krama lan krama inggil.

Tabel 2. Tuladha tembung Ngoko sing duwe Krama, lan Krama inggil.

(lumantar Subroto, dkk, 2008: 131-136)

No Ngoko Krama Krama Inggil Arti

1 akon aken dhawuh menyuruh

2 aku kula ingsung/adalem aku/asaya

3 adhep sowan marak menghadap

4 anggo angge agem pakai

5 anom/enom anem/enem timur muda

6 apa menapa punapa apa

7 aran/jeneng nama asma nama

8 arep ajeng/badhe kersa akan/mau/ingin/

berkehendak

9 aten-aten memanahan penggalihan perasaan hati

10 ati manah penggalih hati

11 awak badan salira badan

12 ayo manga suwawi ayo/mari

13 batur/mbatur rencang/

ngrencang

abdi/ ngabdi/

suwita

abdi/ pembantu/

mengabdi

14 bayi/bayen gadhah lare babaran bayi/ bersalin

15 bebed/ jarit/

tapih

sinjang nyamping kain panjang

16 beburu/

mbeburu

bebujeng/

mbebujeng

mbebedhag berburu

17 ben/ bene/

kareben

kajengipun kersanipun biarlah

18 bobot awrat wawrat berat

19 bojo/ bebojoan semah/ garwa suami-istri/

Page 3: KB-2 BASA NGOKO ALUS 1. - ppg.spada.ristekdikti.go.idppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/30984/mod_label/intro...[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS] | Kenfitria

[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]

| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 3

sesemahan bersuami-istri

20 brengos rawis gumbala kumis

21 budi manah penggalih budi pekerti/

hati

22 bungah bingah rena senang/ gembira

23 cangkem lisan tutuk mulut

24 cekel cepeng asta pegang/ tangkap

25 celathu wicanten ngendika berbicara

26 dandan dandos busana berbusana/

berhias

27 deleh suka paring letak

28 deleng tingal priksa lihat

29 dhek kala nalika ketika

30 dheweke piyambakipun panjenenganipun ia/ dia

31 dhuwur inggil luhur tinggi

32 dokok dekek paring letak

33 embuh kilap/ boten

mangertos

duka/ nyuwun

duka

entah/ tidak tahu

34 endhas sirah mustaka kepala

35 enggo engge agem pakai

36 gawa bekta ampil bawa/ pinjam

37 gawan bektan ampilan bawaan/

pinjaman

38 gawe damel ngasta buat/ membuat

39 gelem purun kersa mau

40 gugah gigah wungu bangun

41 gugu gega ngestokaken

dhawuh

menurut

42 gunem ginem ngendika bicara/ nasihat

43 guneman gineman ngendikan berbicara

44 imbuh imbet tanduk tambah

Page 4: KB-2 BASA NGOKO ALUS 1. - ppg.spada.ristekdikti.go.idppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/30984/mod_label/intro...[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS] | Kenfitria

[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]

| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 4

45 jaluk tedha pundhut/ suwun pinta

46 jamu jampi loloh/ usada obat/ jamu

47 jaran kapal kudha/ tuladha kuda

48 jarit sinjang nyamping kain

49 jejamu jejampi loloh berobat

50 jungkat serat pethat sisir

51 jungkatan seratan pethatan sisiran

52 jupuk pendhet pundhut ambil

53 kandha criyos ngendika/ matur berkata

54 kanggo kangge kagem terpakai

55 karep kajeng kersa mau/ ingin

56 karepe kajengipun kersanipun keinginannya

57 kasoran kawon kandhapan kalah

58 kathok sruwal lancingan celana

59 kathokan sruwalan lancingan bercelana

60 kelairan wedalan wiyosan kelahiran

61 kelalen kesupen kalimengan kelupaan

62 kena pikantuk kepareng boleh

63 kepenak sekeca dhangan enak/sehat

64 keris dhuwung wangkingan keris

65 kongkonan kengkenan utusan/ atur

utusan

utusan

66 kowe sampeyan panjenengan kamu/ anda

67 krungu miring midhanget mendengar

68 kubur/ ngubur petak/ metak sare/ nyarekaken kubur/

mengubur

69 kuru kera susut kurus

70 laku lampah tindak pergi

71 lanang jaler kakung laki-laki

72 lara sakit gerah sakit

73 liwat langkung miyos lewat/ melalui

Page 5: KB-2 BASA NGOKO ALUS 1. - ppg.spada.ristekdikti.go.idppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/30984/mod_label/intro...[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS] | Kenfitria

[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]

| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 5

74 lunga kesah tindak pergi

75 mampir kendel pinarak singgah

76 manak gadhah lare babaran/

kagungan putra

bersalin

77 mangan nedha dhahar makan

78 manggon manggen lenggah bertempat

tinggal

79 marekake mantunaken ndhanganaken menyehatkan

80 mari mantun dhangan sehat

81 mbobot wawrat nggarbini hamil

82 melu tumut ndherek ikut/turut

83 menehi nyukani maringi/ nyaosi/

ngaturi

memberi

84 meruhi nyumerepi ngawuningani tahu/ mengerti

85 meteng wawrat/

ngandhek

mbobot hamil

86 metu medal miyos lewat/ lahir

87 mikir manah menggalih memikir

88 mlaku mlampah tindak berjalan kaki

89 mulih mantuk kondur pulang

90 ndandani ndandosi mbusanani memperbaiki/

merias

91 ndelehake nyukakaken maringaken meletakkan

92 ndeleng ningali mriksani melihat

93 ndokokake ndekekaken maringaken meletakkan

94 ngadhep sowan marak menghadap

95 ngandhani nyriosi ngendikani/

ngaturi

menasihati

96 nganggo ngangge ngagem memakai

97 ngenggoni ngenggeni nglenggahi bertempat

tinggal

Page 6: KB-2 BASA NGOKO ALUS 1. - ppg.spada.ristekdikti.go.idppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/30984/mod_label/intro...[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS] | Kenfitria

[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]

| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 6

98 ngepek mendhet mundhut ambil

99 nggawa mbekta ngampil membawa/

meminjam

100 nggawani mbetani ngampili meminjami

101 nggugah nggigah mungu membangunkan

102 nginep nyipeng nyare menginap

103 ngising bebucal bobotan berak

104 ngutangi nyambuti maringi ngampil/

nyaosi ngampil

meminjami

105 njaluk nedha mundhut/

nyuwun

meminta

106 njamoni njampeni ngloloh mengobati

107 njungkati nyerati methati menyisiri

108 njupuk mendhet mundhut mengambil

109 njupuki mendheti mundhuti mengambili

110 nom/ enom nem/ enem timur muda

111 nuturi nyanjangi,

nyriyosi

ngendikani menasihati

112 nyekel nyepeng ngasta memegang

113 nyilih nyambut mundhut

ngampil

meminjam

114 nylameti milujengi nyugengi kenduri/

selamatan

115 oleh angsal kepareng boleh

116 omah griya dalem rumah

117 omah-omah emah-emah krama kawin/ nikah

118 omong-omong gineman ngendikan bercakap-cakap

119 pangan tedha dhaharan makanan

120 panganan tetedhan dhaharan makanan

121 pelanangan pajaleran jaleran penis

122 pewadon pawestren badhong vagina

Page 7: KB-2 BASA NGOKO ALUS 1. - ppg.spada.ristekdikti.go.idppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/30984/mod_label/intro...[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS] | Kenfitria

[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]

| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 7

123 pikir manah penggalih pikiran

124 pikiran pemanahan penggalihan pikiran

125 rungu pireng pidhanget dengar

126 sedulur sedherek sentana saudara

127 sikil suku sampeyan kaki

128 silih sambut pundhut/ ampil pinjam

129 slamet wilujeng sugeng selamat

130 slametan wilujengan sugengan selamatan

131 sumurup semerep priksa tahu/ mengerti

132 susah sisah sekel susah/ sedih

133 susu susu pembayun/

payudara

payudara/ susu

134 tak-/ dak- kula ingsung/ dalem/

kawula

ku-/ aku/ saya

135 tamba jampi usada obat/ jamu

136 teka dhateng rawuh datang

137 tilik tuwi tinjo/sowan/seba tengok/jenguk

138 tonton tingal priksa lihat

139 tuduh tedah paring priksa/

caos priksa

memberitahu

140 tuku tumbas mundhut beli

141 tumbak waos watangan tombak

142 tunggang tumpak titih tunggang

143 tunggangan tumpakan titihan tunggangan

144 turon tileman sareyan tiduran

145 turu tilem sare tidur

146 tutur sanjang, criyos ngendika berbicara

147 tuwa sepuh yuswa tua/ berumur

148 ulih antuk kondur pulang

149 urip gesang sugeng hidup

150 utang sambut = pundhut pinjam/

Page 8: KB-2 BASA NGOKO ALUS 1. - ppg.spada.ristekdikti.go.idppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/30984/mod_label/intro...[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS] | Kenfitria

[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]

| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 8

nyambut ngampil/ suwun

ngampil

meminjam

151 wadon = wedok estri putri = wanita perempuan/

wanita

152 waras saras dhangan sehat

153 warisan tilaran pusaka pusaka/ warisan

154 wedang benteran unjukan wedang

155 weh = weneh=

weweh

suka paring/ caos/

unjuk/ atur

beri

156 weruh sumerep =

semerep

priksa = uninga tahu/ mengerti

157 weton wedalan wiyosan =

tingalan

kelahiran

158 wetu wedal wiyos lewat/ lahir

159 wicara/ micara wicanten/

micanten

ngandika berbicara

160 wong tiyang priyantun orang

A. RANGKUMAN

Ngoko alus yaiku unggah-ungguh basa sing ngemot leksikon ngoko, leksikon netral,

lan krama. Basa ngoko alus bisa mbangun swasana sing endah lan elok uga kebak

rasa urmat ananging sesambungane rumaket. Titikane ngoko alus yaiku: dumadi

saka leksikon ngoko/netral + leksikon krama/krama inggil; tetembungan kang

gayutan karo wong sing diajak guneman utawa wong liya sing dirembug

nggunakake krama inggil; tetembungan sing kanggo awake dhewe nggunakake

ngoko lugu utawa krama andhap; tembung sing diowahi krama inggil mung

tembung linggane; leksikon krama inggil awujud tembung aran, tembung kriya, lan

tembung sesulih; wuwuhan awujud ater-ater (afiks), seselan (infiks), lan panambang

(konfiks) tetep ngoko.

B. TUGAS

Page 9: KB-2 BASA NGOKO ALUS 1. - ppg.spada.ristekdikti.go.idppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/30984/mod_label/intro...[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS] | Kenfitria

[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]

| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 9

Wacanen pacelathon ing ngisor iki!

Konteks:

Pacelathon ing ngisor iki kadadean antarane Pak Anwar karo bu Anwar ana ing

daleme.

Ayo menehi iguh pratikel bab tembung sing digunakake ing omong-omongan

dhuwur kuwi mau!

No Tembung sing Salah Panulise Iguh Partikel (Saran)

1. Tembung sing kudune nganggo

aksara “a” nanging ditulis

nganggo aksara “o”.

2. Tembung sing kudune ditulis

nganggo aksara “dh” nanging

ditulis nganggo aksara “d”.

3. Tembung sing kudune ditulis

Pak Anwar

Bu Anwar

Pak Anwar

Bu Anwar

Pak Anwar

Bu Anwar

Pak Anwar

Bu Anwar

Pak Anwar

Bu Anwar

:

:

:

:

:

:

:

:

:

:

“Bu, aku kepengin mbesuk anake dhewe bisa

sekolah sing dhuwur.”

“Iya Pak, mula kuwi panjenengan anggone

makarya sing tememen.”

“Leres Bune, prabea sekolah saiki larang tenan.”

“Pak, kae lho kopine wis takcawisake ono meja.

Enggal panjenengan unjuk.”

“Mengko disek Bune, aku lagi makani perkutute.”

“Kat mau kok durung rampung?”

“Iki sisan takadusi.”

“Lha Panjenengan wae durong siram. Iki wis jam

pitu lho Pak. Panjenengan arep tindak jam pira?

Ngendikane ana undangan rapat.”

“Jam wolu, Bune.”

“Ya wis yen ngono, aku tak ndulang Bima dhisik.”

Page 10: KB-2 BASA NGOKO ALUS 1. - ppg.spada.ristekdikti.go.idppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/30984/mod_label/intro...[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS] | Kenfitria

[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]

| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 10

nganggo aksara “i” nanging

ditulis nganggo aksara “e”.

4. Tembung sing kudune ditulis

nganggo aksara “u” nanging

ditulis nganggo aksara “o”.

Ayo ganepana pratelan ing ngisor iki supaya dadi pokok-pokok omong-

omongan ing ndhuwur!

(1) Paraga ing omong-omongan kasebut yaiku.…

(2) Sing diomongake ing omong-omongan mau yaiku.…

(3) Papan kadadeyan omong-omongan mau yaiku.…

(4) Basa sing digunakake yaiku basa…. kanggo ….

Ayo gawe pokok-pokok omong-omongan kanthi nggatekake peprincen ing

ngisor iki!

(1) Paragane ana pira…. sapa bae …., .…, .…

(2) Bab sing diomongake yaiku .…

(3) Papan sing kanggo omongan yaiku .…

(4) Swasana sing ana ing omong-omongan .…

(5) Basa sing digunakake ….

Ayo pokok-pokok sing wis kokgawe mau didadekake teks omong-omongan

kanthi nggatekake tata tulis sing bener!

MATERI 2

PAUGERAN OWAHE WUJUD NGOKO LUGU-NGOKO ALUS

………………………………………

……… : ………………………………………………………………………………….. ……… : ………………………………………………………………………………….. ……… : ………………………………………………………………………………….. ……… : ………………………………………………………………………………….. ……… : ………………………………………………………………………………….. ……… : ………………………………………………………………………………….. ……… : …………………………………………………………………………………..

Page 11: KB-2 BASA NGOKO ALUS 1. - ppg.spada.ristekdikti.go.idppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/30984/mod_label/intro...[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS] | Kenfitria

[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]

| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 11

A. CAPAIAN PEMBELAJARAN MATA KEGIATAN

Mampu berkomunikasi dan menyampaikan ide dalam bahasa Jawa secara terampil,

baik lisan maupun tulis dengan menggunakan kosakata dan tata bahasa yang

sesuai dalam konteks resmi dan tidak resmi berdasarkan kaidah bahasa dan

unggah-ungguh bahasa Jawa yang tepat setara tingkat C (Standar Common

European Framwork of Reference for Languages).

B. SUB CAPAIAN PEMBELAJARAN MATA KEGIATAN

1. Bisa ngandharake paugeran wujud ngoko lugu-ngoko alus

2. Bisa ngowahi wujud ngoko lugu-ngoko alus

C. POKOK-POKOK MATERI

1. Paugeran Wujud Ngoko Lugu-Ngoko Alus

2. Proses Owahe Wujud Ngoko Lugu-Ngoko Alus

D. URAIAN MATERI

1. Paugeran Wujud Ngoko Lugu-Ngoko Alus

a) Kabeh tembung sesulih O2 lan utawa O3 sing awujud ngoko diowahi dadi

krama utawa krama inggil.

b) Kabeh tembung kriya sing kanggo wong liya awujud ngoko diowahi dadi

krama inggil.

c) Tembung kriya sing kanggo awake dhewe diowahi dadi krama andhap.

d) Kabeh tembung aran sing gayut karo pandarbe O2 sing awujud ngoko bisa

diowahi dadi krama utawa krama inggil.

e) Tembung-tembung ngoko sing kanggo kewan, wit-witan, lan barang sanajan

ana tembung krama inggil tetep nggunakake tembung ngoko. Tuladha:

Kucingmu durung diadusi --- Kucing panjenengan durung diadusi.

Lampu kamare Bapak mati --- Lampu kamaripun Bapak mati.

f) Ora tau migunakake tembung krama, namung krama inggil utawa tembung

ngoko sing ora ana krama inggile.

Tuladha:

Page 12: KB-2 BASA NGOKO ALUS 1. - ppg.spada.ristekdikti.go.idppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/30984/mod_label/intro...[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS] | Kenfitria

[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]

| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 12

Kowe dak-kon maca geguritan -- Panjenengan dakaturi maos geguritan.

g) Ater-ater dak- bisa dadi rong werna, awujud dak- lan adalem. Ater-ater dak-

manawa kanggo micara karo wong sing nduweni sesambungan raket utawa

tatarane luwih asor. Diowahi dadi adalem manawa kanggo micara marang

uwong sing akrab ning tatarane langsung inggil.

Tuladha:

Dhik, dak-kon nginep ya? – Dhik, dakaturi nyipeng ya?

Mas Antok dak-wenehi rengginang. – Mas Antok adalem-caosi rengginang.

h) Ater-ater kok- diowahi krama inggil (panjenengan).

Tuladha:

kokpangan --- panjenengan dhahar

i) Ater-ater di- ora diowahi krama (dipun-), tetep ditulis di- .

Tuladha:

dituroni – disareni

diombe -- diunjuk

j) Panambang –e ora diowahi dadi krama (-ipun) ananging tetep –e.

Tuladha: klambine --- rasukane

Ana ing padinan padatan diowahi nganggo tembung ingkang (ingkeng--keng).

Tuladha:

anake --- ingkang-putra

adhine --- ingkang-rayi

kakange --- ingkang-raka

k) Panambang –mu, diowahi krama inggil (panjenengan).

Tuladha:

Rambutmu –- rikma panjenengan

Jarikmu --- sinjang panjenengan

Ana ing padinan padatan diowahi nganggo tembung ingkang (ingkeng--keng).

Tuladha:

anake --- putra-panjenengan (ingkang-putra)

adhine --- rayi-panjenengan (ingkang-rayi)

kakange --- raka-panjenengan (ingkang-raka)

Page 13: KB-2 BASA NGOKO ALUS 1. - ppg.spada.ristekdikti.go.idppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/30984/mod_label/intro...[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS] | Kenfitria

[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]

| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 13

l) Panambang –ku ana rong werna yaiku awujud –ku lan adalem. Panambang –

ku manawa kanggo micara karo wong sing nduweni sesambungan raket utawa

tatarane luwih asor. Diowahi dadi adalem manawa kanggo micara marang

uwong sing akrab ning tatarane luwih dhuwur.

Tuladha:

Adhimu nginep ing omahku. – Ingkang rayi nyipeng ing omahku.

Budhe wis mangkat menyang omahku. – Budhe sampun tindak dhateng

omah-adalem.

m) Camboran di-ake ora diowahi krama

Tuladha: ditukokake – dipundhutake

diwacakake -- diwaosake

n) Camboran kok-ake, ater-ater kok- diowahi krama inggil (panjenengan),

panambang –ake ora diowahi krama, tetep awujud –ake.

Tuladha:

Kokomongake --- panjenengan-sanjangake

o) Camboran dak-ne ana rong werna yaiku awujud dak-ne lan adalem. Camboran

dak-ne manawa kanggo micara karo wong sing nduweni sesambungan raket

utawa statuse luwih asor. Diowahi dadi adalem manawa kanggo micara

marang uwong sing akrab ning tatarane luwih dhuwur.

Tuladha:

Kakangmu daktukokne sate. – Ingkang raka dakpundhutne sate.

Pakdhe dakwenehi gule. – Pakdhe adalem-caosi gule.

p) Camboran dak-ane ana rong werna yaiku awujud dak-ne lan adalem.

Camboran dak-ane manawa kanggo micara karo wong sing nduweni

sesambungan raket utawa statuse luwih asor. Diowahi dadi adalem manawa

kanggo micara marang uwong sing akrab ning tatarane luwih dhuwur.

Tuladha:

Klambimu dakkethokane. – Rasukan panjenengan dakkethokane.

Anake dakadusane. – Putrane adalem-siramane.

2. Proses Owahe Wujud Ngoko Lugu-Ngoko Alus

Page 14: KB-2 BASA NGOKO ALUS 1. - ppg.spada.ristekdikti.go.idppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/30984/mod_label/intro...[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS] | Kenfitria

[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]

| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 14

Kanggo ngrombak ngoko lugu dadi ngoko alus, perangan-perangan ukarane bisa

diowahi nggunakake tetembungan krama lan krama inggil. Supaya luwih

gamblang dakaturi maspadakake tuladha ing ngisor iki.

a. Jenange dipangan Mas Bima. (ngoko lugu)

Jenange didhahar Mas Bima. (ngoko alus)

b. Sing arep adus sapa dhisik? (ngoko lugu)

Sing arep siram sapa dhisik? (ngoko alus)

c. Mbak Rina teka wiwit esuk mau. (ngoko lugu)

Mbak Rina rawuh wiwit esuk mau. (ngoko alus)

d. Aku diwenehi pelem Pakdhe Sukat. (ngoko lugu)

Aku diparingi pelem Pakdhe Sukat. (ngoko alus)

e. Suryadi lunga menyang Batam sesasi suwene. (ngoko lugu)

Suryadi tindak menyang Batam sesasi suwene. (ngoko alus)

f. Budhe Bandi mulih saka blanja. (ngoko lugu)

Budhe Bandi kondur saka blanja. (ngoko alus)

g. Sambel bawang kuwi sing tuku neng warung kono. (ngoko lugu)

Sambel bawang kuwi sing mundhut neng warung kono. (ngoko alus)

h. Kowe arep mangan apa wae ana. (ngoko lugu)

Sliramu arep dhahar apa wae ana. (ngoko alus)

i. Lik Wardi diwenehi angsul-angsul. (ngoko lugu)

Lik Wardi dicaosi angsul-angsul. (ngoko alus)

Tuladha ukara-ukara ing dhuwur kuwi mau saka ngoko lugu diowahi dadi ngoko

alus. Tembung-tembung sing diowahi yaiku tembung kriya ngoko diowahi dadi

tembung kriya krama inggil. Tembung kriya sing kanggo awake dhewe diowahi

dadi krama, manawa kanggo wong liya diowahi dadi krama inggil. Tembung

sesulih ngoko lugu diowahi dadi tembung sesulih krama. Proses pangrombake

ngoko lugu dadi ngoko alus bisa dipirsani ana ing bagan ngisor iki.

Page 15: KB-2 BASA NGOKO ALUS 1. - ppg.spada.ristekdikti.go.idppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/30984/mod_label/intro...[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS] | Kenfitria

[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]

| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 15

Leksikon Ngoko

Sing arep adus sapa dhisik? Ngoko Lugu

Sing arep siram sapa dhisik? Ngoko Alus

Leksikon Leksikon

Krama Inggil Ngoko

Bagan 1. Tuladha Proses Pangrombaking Ngoko Lugu dadi Ngoko Alus

E. RANGKUMAN

Pangowahe wujud ngoko lugu dadi ngoko alus saka ngowahi tetembungan ngoko

sing awujud kriya, aran, lan sesulih ngoko lugu dadi ngoko alus. Sejene kuwi,

panambang lan camboran uga bisa diowahi.

F. TUGAS

Wacanen crita ing ngisor iki kanthi permati, banjur wangsulana pitakon-pitakone.

Timun Mas

Dhek jaman biyen ing salah sijining desa, ing desa kasebut ana Mbok Randha sing

urip dhewe ora ana putra utawa sedulur. Amarga urip dhewe Mbok Randha mau

Page 16: KB-2 BASA NGOKO ALUS 1. - ppg.spada.ristekdikti.go.idppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/30984/mod_label/intro...[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS] | Kenfitria

[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]

| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 16

kepengin kagungan putra. Saben dina Mbok Randha donga awan bengi ing ngarsane

Gusti Allah supaya diparingi putra. Dheweke yakin menawa penjaluke bakal dikabulake

dening Gusti Hyang Widhi Wasa. Mbok Randha, anggone donga awan bengi ing omahe

kuwi mau keprungu buta sing kebeneran liwat sacedhake kono. Buta Ijo banjur nyeluk

Mbok Randha supaya metu saka omahe. Mbok Randha kaget ngerteni sana Buta Ijo ing

ngarep omahe.

Gambar 1. Prajanjen Mbok Randha lan Buta Ijo

(lumantar http://www.google.com//gambarttimunmas)

Buta Ijo ngomong menawa bisa nulungi menehi putra. Buta Ijo lan Mbok Randha

nganakake prajanjen. Mbok Randha bungah atine krungu kandhane Buta Ijo kuwi maul

an nyaguhi kabeh panjaluke Buta Ijo menawa diparingi putra tenan.

Penjaluke Buta Ijo yaiku menawa putrane Mbok Randha wis gedhe dijaluk arep

dipangan. Kekarone nyetujoni prajanjen mau, sabanjure Buta Ijo iku menehi wit timun

sing kudu ditandur Mbok Randha. Sawise Buta Ijo kuwi mau lunga, Mbok Randha

nandur wiji timun iku ana kebone. Wiji kuwi dirumat lan diopeni kanthi gemati, disiram,

diresiki sukete, lan dirabuk supaya cepet thukul.

Sawise thukul lan dadi wit timun kang subur, wit timun iku mau wis padha uwoh.

Ing antarane akehe who timun, ana salah sijine timun kang nganeh-anehi. Rupane

kuning emas lan gedhene sak guling. Timun iku banjur pecah lan ing njero timun mau

ana bayi sehat kang apik lan ayu rupane.

Mbok Randha bungah penggalihe amarga penjaluke kepengin kagungan putra wis

kaleksanan. Mbok Randha ngucapake syukur marang Gusti Allah amarga dongane wis

dikabulake. Bayi iku mau wadon, pakulitane resik alus kaya kulit timun amarga lair saka

Page 17: KB-2 BASA NGOKO ALUS 1. - ppg.spada.ristekdikti.go.idppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/30984/mod_label/intro...[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS] | Kenfitria

[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]

| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 17

timun sing kuning kaya emas, bayi wadon kuwi mau dijenengake Timun Mas. Sawise

Timun Mas ngancik diwasa, Mbok Randha kelingan janjine karo Buta Ijo menawa arep

menehake Timun Mas. Mbok Randa dadi susah atine, rina wengi Mbok Randha donga

supaya entuk pitulungan saka Gusti Allah. Salah sawijining wengi, Mbok Randha

ngimpi ketemu pertapa/resi ing Gunung Gandhul. Pertapa kuwi mau kang bisa nulungi

supaya Timun Mas ora dipangan Buta Ijo.

Esuke Mbok Randha tindak menyang Gunung Gandhul kaya impene. Sawise

ketemu karo pertapa/resi kaya ing impene, Mbok Randha disangoni buntelan kanggo

Timun Mas. Resi kuwi mau maringi pitutur piye carane supaya Timun Mas bisa oncat

saka bebaya ngadhepi Buta Ijo. Sawise ngucapake matur nuwun Mbok Randha pamitan

kondur.

Tekan omah Mbok Randha menehi buntelan kang cacahe papat, lan dituturi piye

carane nggunakake. Mbok Randha ngutus Timun Mas lunga saka omah lan mlayu sak

cepet-cepete. Sawise iku Buta Ijo kanga rep njupuk Timun Mas teka ing omahe Mbok

Randha. Buta Ijo muntab ngerteni Timun Mas wis ora ana. Buta Ijo nesu lan ngamuk,

kebon sing ana ing cedhak omahe Mbok Randha dirusak lan bengaok-bengok ngoyak

playune Timun Mas.

Gambar 2. Timun Mas Dioyak Buta Ijo

(lumantar http://www.google.com//gambarttimunmas )

Amarga Buta Ijo jangkahe amba sedhela wae Timun Mas wis meh kasil koyak.

Timun Mas banjur nguncalake buntelan sing isine wiji timun. Wiji timun kang

diuncalake mau sanalika malih dadi kebon timun kang akeh woh timune, Buta Ijo

Page 18: KB-2 BASA NGOKO ALUS 1. - ppg.spada.ristekdikti.go.idppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/30984/mod_label/intro...[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS] | Kenfitria

[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]

| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 18

mandheg lan mangan timun sing katon seger-seger kuwi mau sawarege nganti lali tujuan

utamane yaiku ngoyak Timun Mas. Nanging, sawise timune entek, Buta Ijo kelingan

menawa ngoyak Timun mas. Buta Ijo banjur ngoyak Timun Mas maneh sing wis mlayu

tekan adoh.

Amarga langkahe amba lan cepet playune, mula lagi sedhela wae Buta Ijo wis meh

kasil ngoyak Timun Mas. Buntelan sing isi dom kang digawa dening Timun Mas, terus

diuncalake marang Buta Ijo. Buntelan isi dom kang diuncalake Timun Mas kasebut

sedhela wae malih dadi alas pring. Alas pring mau ngalangi playune Buta Ijo. Nanging

sedhela wae alas pring mau kasil diliwati Buta Ijo, wusana bisa metu saka alas pring

mau.

Rumangsa wis meh kecekel Buta Ijo, Timun Mas banjur nguncalake buntelan

kang isih ana ing astane, yaiku isine uyah. Sawise dibalangake marang buta galak mau,

sanalika malih dadi segara kang amba lan jero. Buta Ijo kasil nglangi ing segara kuwi

mau lan tetep ngoyak Timun Mas kang ayu rupane. Wusana Buta Ijo kasil mentas saka

segara mau. Mangerteni kahanan kang kaya mangkene, Timun Mas isih kelingan yeng

ing astane isih ana buntelan siji kang durung dibalangake Buta Ijo. Wusana Timun Mas

kasil mbalangake buntelan kang pungkasan yaiku kang isine trasi.

Gambar 3. Buta Ijo Kleleb Ing Segara Lumpur

(lumantar http://www.google.com//gambarttimunmas )

Sanalika, buntelan kang isine trasi mau malih dadi segara lumpur kang jero

banget. Buta Ijo kecemplung ing segara lumpur mau lan kangelan mentas. Pungkasane

Buta Ijo kang ngoyak Timun Mas iku mati kleleb ing njero segara lumpur. Timun Mas

Page 19: KB-2 BASA NGOKO ALUS 1. - ppg.spada.ristekdikti.go.idppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/30984/mod_label/intro...[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS] | Kenfitria

[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]

| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 19

slamet lan urip tentrem karo Mbok Randha. Kapethik saka Crita Rakyat Nusantara

lumantar buku Marsudi Basa lan Sastra Jawa (Priyantono & Sawukir, 2015: 46-47).

Rembugen sakelompok kanggo mangsuli pitakon-pitakon ing ngisor iki!

1. Tetembungan apa wae kang dadi titikane ngoko alus?

2. Kena ngapa crita Timun Mas iki diandharake nganggo ngoko alus?

3. Golekana tetembungan sing katulis durung trep!

4. Gawea sinopsis saka crita kasebut, banjur critakna meneh nganggo basa

panjenengan ananging jumbuh karo paugeran basa ngoko alus.

MATERI 3

PAUGERAN PAMILIHING UNGGAH-UNGGUH NGOKO ALUS

A. CAPAIAN PEMBELAJARAN MATA KEGIATAN

Mampu berkomunikasi dan menyampaikan ide dalam bahasa Jawa secara terampil,

baik lisan maupun tulis dengan menggunakan kosakata dan tata bahasa yang

sesuai dalam konteks resmi dan tidak resmi berdasarkan kaidah bahasa dan

unggah-ungguh bahasa Jawa yang tepat setara tingkat C (Standar Common

European Framwork of Reference for Languages).

B. SUB CAPAIAN PEMBELAJARAN MATA KEGIATAN

1. Bisa ngandharake paugeran pamilihing unggah-ungguh ngoko alus

2. Bisa nggawe tuladha pacelathon nggunakake basa ngoko alus

3. Bisa niteni pandhapuking tembung-tembung krama inggil camboran ing basa

ngoko alus

C. POKOK-POKOK MATERI

1. Paugeran pamilihing unggah-ungguh basa ngoko alus

2. Tuladha pacelathon basa ngoko alus

3. Pandhapuking tembung-tembung krama inggil camboran ing basa ngoko alus

D. URAIAN MATERI

Page 20: KB-2 BASA NGOKO ALUS 1. - ppg.spada.ristekdikti.go.idppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/30984/mod_label/intro...[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS] | Kenfitria

[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]

| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 20

1. Paugeran Pamilihing Unggah-Ungguh Basa Ngoko Alus

a) Kanggo micara marang uwong sing statuse padha, ananging kanthi rasa

urmat.

b) Kanggo micara marang uwong sing statuse luwih dhuwur, ananging nduweni

sesambungan sing rumaket.

c) Kanggo micara marang uwong sing statuse saperangan luwih dhuwur,

ananging saperangan luwih asor.

d) Kanggo ngrasani utawa ngomongake liyane sing statuse luwih dhuwur.

2. Tuladha Panganggone Basa Ngoko Alus

a) Micara Marang Uwong sing Statuse Padha

Gambar 4. Micara Marang Uwong Sing Statuse Padha

(lumantar http://www.google.com//gambardialog )

Pak Narya karo Bu Dian kanca sekantor, sawise rampung anggone makarya

arep padha mulih, padha takon-takonan dhisik.

Pak Narya

Bu Dian

:

:

“Bu, njenengan ngasta payung?”

“Ana neng cedhak meja.”

Page 21: KB-2 BASA NGOKO ALUS 1. - ppg.spada.ristekdikti.go.idppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/30984/mod_label/intro...[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS] | Kenfitria

[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]

| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 21

Pak Narya

Bu Dian

Pak Narya

Bu Dian

Pak Narya

Bu Dian

:

:

:

:

:

:

“Manawa ngono, dakampil sedhela wae ya.”

“Iya,njenengan asta wae ora apa-apa.”

“Lha njenengan mengko kejawahan?”

“Ora, aku ana serepe.”

“Oo..ya wis manawa ngono. Payunge tak gawa sik ya?”

“Iya, atos-atos dalane lunyu.”

Pak Narya lan Bu Dian minangka kanca kantor sing srawunge rumaket

ananging kanggo atur pakurmatan siji lan sijine nggunakake basa ngoko alus.

b) Micara Marang Uwong sing Statuse Luwih Dhuwur ananging Sesambungane

Raket Banget

Gambar 5. Micara Marang Wong Kang Statuse Dhuwur Ananging

Sesambungane Raket Banget (Lumantar http://www.google.com//dialog )

Page 22: KB-2 BASA NGOKO ALUS 1. - ppg.spada.ristekdikti.go.idppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/30984/mod_label/intro...[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS] | Kenfitria

[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]

| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 22

Sugeng micara marang Bapake. Sugeng nggunakake basa ngoko alus, dene

Bapak ngoko lugu.

Sugeng

Bapak

Sugeng

Bapak

Sugeng

Bapak

Sugeng

Bapak

Sugeng

Bapak

Sugeng

Bapak

:

:

:

:

:

:

:

:

:

:

:

:

“Perkutute Bapak, mungele apik. Pundhutan pira

pak?”

“Murah kok Le, mung rongatus ewu”

“Lha pakane napa niku Pak?”

“Iki mayar, diwenehi pakan ketan ireng dicampuri

kuningan ndhog pitik telung dina pisan.”

“Wah mayar niku pak.”

“Nanging saben esuk njaluk didhedhe ben ora

nyekukruk.”

“Kopine njenengan dakcawisake meja Pak.”

“Ya Le nuwun. Tulung matur Ibumu, aja kelalen

gedhang godhoke.”

“Saweg digodhok Pak. Dina Rebo panjenengan

entuk sedhahan saka Pak Lurah.”

“Babagan apa ya Le?”

“Panjenengan diaturi Pak Lurah maringi

pengarahan kesehatan mapan ing Bale Desa.”

“Oo..ya Le, nuwun.”

c) Micara Marang Uwong sing Statuse Saperangan Luwih Dhuwur, ananging

Saperangan Meneh Luwih Asor

Page 23: KB-2 BASA NGOKO ALUS 1. - ppg.spada.ristekdikti.go.idppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/30984/mod_label/intro...[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS] | Kenfitria

[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]

| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 23

Gambar 6. Micara Marang Uwong sing Statuse Saperangan Luwih Dhuwur

lan utawa Luwih Asor (Lumantar http://www.google.com//gambardialog )

Lik Bambang micara karo Arsenio, sanadyan ponakane luwih enom ananging

ana ing kantor Arsenio kuwi minangka pimpinan.

Lik Bambang

Arsenio

Lik Bambang

Arsenio

Lik Bambang

Arsenio

Lik Bambang

Arsenio

Lik Bambang

Arsenio

:

:

:

:

:

:

:

:

:

:

“Piye kabare Nak Arsen, arep ana dhawuh apa iki?”

“Alhamdulillah sae Lik. Boten kok Lik namung

badhe silaturahmi mawon.”

“Kepriye, garwa putra rak padha sugeng ta?”

“Alhamdulillah, sami wilujeng Lik.”

“Lha kadingaren dolan mrene? Iki mau saka omah

apa saka tindak ngendi?”

“Mangke sekaliyan badhe tuwi Pakdhe Santosa

ingkang gerah.”

“Gerah apa Pakdhemu?”

“Mustakanipun vertigo, Lik.”

“Manawa ngono, mengko aku tak melu ya.”

“Nggih, manga Lik.”

d) Ngrasani utawa Ngomongake Liyan sing Statuse Luwih Dhuwur

Page 24: KB-2 BASA NGOKO ALUS 1. - ppg.spada.ristekdikti.go.idppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/30984/mod_label/intro...[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS] | Kenfitria

[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]

| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 24

Gambar 7. Ngrasani utawa Ngomongake Liyan sing Statuse Luwih Dhhuwur

(Lumantar http://www.google.com//gambardialog )

Ani karo Tutik lagi ngomongake Ibune sing dinas menyang luar kota.

Ani

Tutik

Ani

Tutik

Ani

Tutik

Ani

:

:

:

:

:

:

:

“Kira-kira Ibu kondur dina apa ya Tik?”

“Ngendikane Ibu wingi, arep kondur mbesuk Setu Mbak.”

“Ngasta oleh-oleh apa ya?”

“Menawa Yogja padatane bakpia, Mbak.”

“Oo iya, Ibu rak kagungan lengganan toko oleh-oleh bakpia

pathok sacedhake Prambanan.”

“Mesthine mundhute ya neng kono, Mbak.”

“Muga-muga wae ya Ibu ora kesupen mundhut oleh-oleh.”

supaya luwih cetha, dakaturi mirsani tuladha pacelathon lan tuladha tetembungan ing

basa ngoko alus ana ing URL iki:

hhttttppss::////yyoouuttuu..bbee//11eeooIIKKrrSSaaEEiiYY ccoonnttoohh iibbuu&& aannaakk

hhttttppss::////yyoouuttuu..bbee//ss99ppttEEYYjj__RROOQQ kkoossaakkaattaa nnggookkoo--kkrraammaa

hhttttppss::////yyoouuttuu..bbee//hhnnbbZZaa--nn22XXNN88 kkoossaakkaattaa nnggookkoo--kkrraammaa

hhttttppss::////yyoouuttuu..bbee//IIssOOZZIIddll88rr__kk kkoossaakkaattaa nnggookkoo--kkrraammaa

Page 25: KB-2 BASA NGOKO ALUS 1. - ppg.spada.ristekdikti.go.idppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/30984/mod_label/intro...[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS] | Kenfitria

[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]

| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 25

3. Pandhapuking Tembung-Tembung Krama Inggil Camboran Ing Basa

Ngoko Alus

Tabel 3. Pandhapuking Tembung-Tembung Krama Inggil Camboran ing Basa

Ngoko Alus (lumantar Harjawijana & Supriya, 2009: 64-69)

Rimbag Tembung

Lingga

No. Tembung

Andhahan

Tembung Ngoko/

Katrangan

a: N-

a: kok-

a: kok

a: kok

suwun ngampil

pundhut ngampil

suwun priksa

pundhut priksa

suwun ngampil

pundhut ngampil

paring priksa

1

2

3

4

5

6

7

nyuwun ngampil

mundhut ngampil

nyuwun priksa

mundhut priksa

panjenengan-suwun

ngampil

panjenengan-

pundhut ngampil

panjenengan-paring

priksa

mi nyilih

ma nyilih

mi takon

ma takon

mi- silihen

ma

mi- silihen

ma

mi- kandhaa/aweha ma

weruh

c: kok-N

c: kok-N

c: kok-N

c: kok-N

suwun ngampil

pundhut ngampil

suwun priksa

pundhut priksa

8

9

10

11

panjenengan-nyuwun

ngampil

panjenengan-

mundhut ngampil

panjenengan–

nyuwun priksa

panjenengan-

mundhut priksa

mi- nyiliha

mi

mi- nyiliha

ma

mi- takona

mi

mi- takona

ma

c: N-i

c: di-i

c: kok-i

c: kok-N-i

suwun ngampil

12

13

14

15

nyuwuni ngampil

disuwuni ngampil

panjenengan-suwuni

ngampil

panjenengan-

mi nyilihi (bola-bali nyilih)

mi disilihi (dijaluki silihan)

mi- silihana (jaluk-ana

silihan)

mi- nyilihana (nja-lukana

silihan bola-bali)

mi daksilihi (dak- jaluki

Page 26: KB-2 BASA NGOKO ALUS 1. - ppg.spada.ristekdikti.go.idppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/30984/mod_label/intro...[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS] | Kenfitria

[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]

| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 26

c: dak-i

c: dak-N-i

16

17

nyuwuni ngampil

daksuwuni ngampil

daknyuwuni ngampil

silihan)

mi daknyilihi (dak- nyilih

bola-bali)

c: N-i

c: di-i

c: kok-i

c: kok-N-i

c: dak-i

c: dak-N-i

caos ngampil

18

19

20

21

22

23

nyaosi ngampil

dicaosi ngampil

panjenengan-caosi

ngampil

panjenengan-nyaosi

ngampil

dakcaosi ngampil

daknyaosi ngampil

mi nyilihi (menehi silihan)

mi disilihi (diwenehi

silihan)

mi- silihana

mi

mi- nyilihana

mi

mi daksilihi (dak- wenehi

silihan)

mi daknyilihi (dak menehi

silihan)

c: N-i

c: di-i

c: kok-i

c: kok-N-i

c: dak-i

c: dak-N-i

pundhut mgampil 24

25

26

27

28

29

mundhuti ngampil

dipundhuti ngampil

panjenengan

pundhuti ngampil

panjenengan-

mundhuti ngampil

dakpundhuti ngampil

dakmundhuti

ngampil

ma nyilihi (bola-bali nyilih)

ma disilihi (dijaluki silihan)

mi- silihana

ma (jalukana silihan)

mi- nyilihana (njiliha

ma bola-bali)

ma daksilihi (dak-jaluki

silihan)

ma daknyilihi (dak-nyilih

bola-bali)

c: N-i

c: di-i

paring ngampil

30

31

maringi ngampil

diparingi ngampil

ma nyilihi (menehi silihan)

ma disilihi (diwenehi

silihan)

Page 27: KB-2 BASA NGOKO ALUS 1. - ppg.spada.ristekdikti.go.idppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/30984/mod_label/intro...[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS] | Kenfitria

[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]

| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 27

c: kok-i

c: kok-N-i

c: dak-i

c: dak-N-i

32

33

34

35

panjenengan-paringi

ngampil

panjenengan-maringi

ngampil

dakparingi-ngampil

dakmaringi-ngampil

mi- silihana (weneh- ma

ana silihan)

mi- nyilihana

ma (menehana silihan)

ma daksilihi (dakwenehi

silihan)

ma daknyilihi (dakmenehi

silihan)

c: N-ake

c: di-ake

c: kok-ake

c: kok-N- ake

c: dak-ake

c: dak-N-ake

c: dak-e

c: dak-ne

c: dak-ane

suwun ngampil

36

37

38

39

40

41

42

43

44

nyuwunake ngampil

disuwunake ngampil

panjenengan-

suwunake ngampil

panjenengan-

nyuwun- ake

ngampil

daksuwunake

ngampil

daknyuwunake

ngampil

daksuwune ngampil

daksuwunne ngampil

daksuwunane

ngampil

mi

mi

mi

mi

mi-

mi

mi

mi

mi

mi

mi

nyilihake/ njalukake

silihan

disilihake/ dijalukake

silihan

silihna (golekna

silihan)

nyilihna (nggolek-na

silihan)

daksilihake/

dakjalukake silihan

daknyilihake/

daknjalukake silihan

daksilihe

daksilihne/dakjalukne

silihan

daksilihane

(dakjalukane silihan)

c: N-ake

c: di-ake

c: kok-ake

caos ngampil

45

46

47

nyaosake ngampil

dicaosake ngampil

panjenengan-caosake

panjenengan-

mi

mi

mi-

mi

nyilihake/ menehake

silihan

disilihake/ silihan

diwenehake

silihna

Page 28: KB-2 BASA NGOKO ALUS 1. - ppg.spada.ristekdikti.go.idppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/30984/mod_label/intro...[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS] | Kenfitria

[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]

| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 28

c: kok-N-ake

c: dak-ake

c: dak-N-ake

c: dak-ne

c: dak-ane

48

49

50

51

52

nyaosake ngampil

dakcaosake ngampil

daknyaosake

ngampil

dakcaosane ngampil

dakcaosane ngampil

mi

mi

mi

mi

mi

nyilihna

daksilihake/ silihan

dakwenehake

daknyilihake/

dakmenehake silihan

daksilihne

daksilihane (dak-

wenehane silihan)

c: N-ake

c: di-ake

c: kok-ake

c: kok-N-ake

c: dak-ake

c: dak-N-ake

c: dak-e

c: dak-ne

c: dak-ane

pundhut ngampil 53

54

55

56

57

58

59

60

61

mundhutake ngampil

dipundhutake

ngampil

panjenengan-

pundhutake ngampil

panjenengan-

mundhutake ngampil

dakpundhutake

ngampil

dakmundhutake

ngampil

dakpundhute

ngampil

dakpundhutne

ngampil

dakpundhutane

ma

ma

mi-

ma

mi-

ma

ma

ma

ma

ma

ma

nyilihake (njalukake

silihan)

disilihake (dijalukake

silihan)

silihna (jalukna

silihan)

nyilihna (njalukna

silihan)

daksilihake

(dakjalukake silihan)

daknyilihake

(daknjalukake silihan)

daksilihe

daksilihne (dakjalukne

silihan)

daksilihane

(dakjalukane silihan)

c: N-ake

c: di-ake

c: kok-ake

paring ngampil 62

63

64

maringake ngampil

diparingake ngampil

panjenengan-

ma

ma

mi-

nyilihake (menehake

silihan)

disilihake (silihan

diwenehake)

silihna (wenehana

Page 29: KB-2 BASA NGOKO ALUS 1. - ppg.spada.ristekdikti.go.idppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/30984/mod_label/intro...[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS] | Kenfitria

[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]

| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 29

c: dak-ake

c: dak-ake

c: dak-N-ake

c: dak-ne

c: dak-ane

65

66

67

68

69

paringake ngampil

panjenengan-

maringake ngampil

dakparingake

ngampil

dakmaringake

ngampil

dakparingne ngampil

dakparingane

ngampil

ma

mi-

ma

ma

ma

ma

ma

silihan)

nyilihna (menehna

silihan)

daksilihake (silihan

dakwenehake)

daknyilihake

(dakmenehake silihan)

daksilihne (sing disilih

dakwenehne)

daksilihane

(dakwenehane silihan)

c: N-i

c: di-i

c: kok-i

c: kok-N-i

c: dak-i

c: dak-N-i

suwun priksa 70

71

72

73

74

75

nyuwun priksa

disuwuni priksa

panjenengan-suwuni

priksa

panjenengan-

nyuwuni priksa

daksuwuni priksa

daknyuwuni priksa

mi

mi

mi-

mi

mi-

mi

mi

mi

bola-bali takon

ditakoni

takonana

nakonana (nakoni

bola-bali)

daktakoni

daknakoni (dakbola-

bali takon)

c: N-i

c: di-i

c: kok-i

c: kok-N-i

c: dak-i

c: dak-N-i

atur priksa 76

77

78

79

80

81

ngaturi priksa

diaturi priksa

panjenengan-aturi

priksa

panjenengan-ngaturi

priksa

dakaturi priksa

dakngaturi priksa

mi

mi

mi-

mi

mi-

ma

mi

mi

ngandhani (menehi

weruh)

dikandhani (diwenehi

weruh)

kandhanana (wenehana

weruh)

ngandhanana

(menehana weruh)

dakkandhani

dakngandhani

c: N-i pundhut priksa 82 mundhuti priksa ma nakoni (bola-bali

Page 30: KB-2 BASA NGOKO ALUS 1. - ppg.spada.ristekdikti.go.idppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/30984/mod_label/intro...[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS] | Kenfitria

[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]

| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 30

c: di-i

c: kok-i

c: kok-N-i

c: dak-i

c: dak-N-i

83

84

85

86

87

dipundhuti priksa

panjenengan-

pundhuti priksa

panjenengan-

mundhuti priksa

dakpundhuti priksa

dakmundhuti priksa

ma

mi-

ma

mi-

ma

ma

ma

takon)

ditakoni

takonana

nakonana

daktakoni

daknakoni

c: N-i

c: di-i

c: kok-i

c: kok-N-i

c: dak-i

c: dak-N-i

paring priksa 88

89

90

91

92

93

maringi priksa

diparingi priksa

panjenengan-paringi

priksa

panjenengan-maringi

priksa

dakparingi priksa

dakmaringi priksa

ma

ma

mi-

ma

mi-

ma

ma

ma

ngandhani (menehi

weruh)

dikandhani (diwenehi

weruh)

kandhanana (wenehana

weruh)

ngandhanana

(menehana weruh)

dakkandhani

(dakwenehi weruh)

dakngandhani

(dakmenehi weruh)

c: N-ake

c: di-ake

c: kok-ake

c: kok-N-ake

c: dak-ake

c: dak-N-ake

c: dak-ne

c: dak-ane

suwun priksa 94

95

96

97

98

99

100

101

nyuwunake priksa

disuwunake priksa

panjenengan-

suwunake priksa

panjenengan-

nyuwunake priksa

daksuwunake priksa

daknyuwunake

priksa

daksuwun-ne priksa

daksuwunane priksa

mi

mi

mi-

mi

mi-

mi

mi

mi

mi

mi

nakokake

ditakokake

takokna

nakokna

daktakokake

daknakokake

daktakokne

daktakonane

c: N-ake atur priksa 102 ngaturake priksa mi ngandhakake

Page 31: KB-2 BASA NGOKO ALUS 1. - ppg.spada.ristekdikti.go.idppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/30984/mod_label/intro...[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS] | Kenfitria

[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]

| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 31

c: di-ake

c: kok-ake

c: kok-N-ake

c: dak-ake

c: dak-N-ake

c: dak-ne

c: dak-ane

103

104

105

106

107

108

109

diaturake priksa

panjenengan-aturake

priksa

panjenengan-

ngaturake priksa

dakaturake priksa

dakngaturake priksa

dakaturne priksa

dakaturane priksa

mi

mi-

mi

mi-

mi

mi

mi

mi

mi

dikandhakake

kandhakna

ngandhakna

dakkandhakake

dakngandhakake

dakkandhane

dakkandhanane

c: N-ake

c: di-ake

c: kok-ake

c: kok-N-ake

c: dak-ake

c: dak-N-ake

c: dak-ne

c: dak-ane

pundhut priksa 110

111

112

113

114

115

116

117

mundhutake priksa

dipundhutake priksa

panjenengan-

pundhutake priksa

panjenengan-

mundhutake priksa

dakpundhutake

priksa

dakmundhutake

priksa

dakpundhutne priksa

dakpundhutane

priksa

ma

ma

mi-

ma

mi-

ma

ma

ma

ma

ma

nakokake

ditukokake

takokna

nakokna

daktakokake

daknakokake

daktakokne

daktakonane

c: N-ake

c: di-ake

c: kok-ake

c: kok-N-ake

c: dak-ake

c: dak-N-ake

paring priksa 118

119

120

121

122

123

maringake priksa

diparingake priksa

panjenengan-

paringake priksa

panjenengan-

maringake priksa

dakparingake priksa

dakmaringake

ma

ma

ma-

ma

ma

ma

ma

ngandhakake (menehi

weruh)

dikandhakake

(diwenehi weruh)

kandhakna

ngandhakna

dakkandhakake

dakngandhakake

Page 32: KB-2 BASA NGOKO ALUS 1. - ppg.spada.ristekdikti.go.idppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/30984/mod_label/intro...[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS] | Kenfitria

[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]

| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 32

c: dak-ne

c: dak-ane

124

125

dakparingne priksa

dakparingane priksa

ma

ma

dakkandhakne

dakkandhanane

Katrangan cekakan-cekakan ing Tabel:

a: ater-ater (prefiks)

c: camboran (konfiks)

N: ater-ater nasal (hanuswara/bunyi sengau; n, ny, m, ng)

mi: minggah, ma: mandhap

tuladha: no. 9 = panjenengan mundhut ngampil

panjenengan (mi)

mundhut ngampil (ma)

no.21 = panjenengan-nyaosi ngampil

panjenengan (mi)

nyaosi ngampil (mi)

E. RANGKUMAN

Paugeran pamilihing unggah-ungguh basa ngoko alus ana papat yaiku: micara

marang uwong sing statuse padha; micara marang uwong sing statuse luwih dhuwur

ananging sesambungane raket banget; micara marang uwong sing statuse

saperangan luwih dhuwur, ananging saperangan meneh luwih asor; lan ngrasani

utawa ngomongake liyan sing statuse luwih dhuwur.

Page 33: KB-2 BASA NGOKO ALUS 1. - ppg.spada.ristekdikti.go.idppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/30984/mod_label/intro...[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS] | Kenfitria

[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]

| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 33

DAFTAR PUSTAKA

Harjawiyana dan Supriya. 2009a. Marsudi Unggah-Ungguh Basa Jawa. Yogyakarta:

Kanisius .

____________________. 2009b. Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa. Yogyakarta: Kanisius

.

Kridalaksana, Harimurti. 2011. Kamus Linguistik Edisi ke Empat. Jakarta: PT. Gramedia

Pustaka Utama.

Poedjasoedarma, Soepomo, dkk. 1979. Tingkat Tutur Bahasa Jawa. Jakarta: Pusat

Pembinaan dan Pengembangan Bahasa, Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.

Priyantono dan Sawukir. 2015. Marsudi Basal an Sastra Jawa: Piwulang Basa Jawa

Muatan Lokal Wajib Jawa Tengah. Jakarta: Erlangga.

Sasangka, Sri Satriya Tjatur Wisnu. 2007. Unggah-ungguh Basa Jawa. Jakarta:

Yayasan Paramalingua.

Setiawan, Heri. 2015. Mumpuni Basa Jawi. Surakarta: PT. Tiga Serangkai.

Sulaksono, Djoko. 2016. Serbaneka Bahasa Jawa. Surakarta: Cakra Books.

Sulaksono, Djoko, dkk. 2017. Basa Jawa: Ngoko Lugu, Ngoko Alus, Krama Lugu, lan

Krama Alus. Surakarta: CV. Djiwa Amarta.

Wedhawati, 2001. Tata Bahasa Jawa Mutakhir. Jakarta: Pusat Bahasa.

Yatmana, Sudi. 2012. Kabeh Bisa Basa Jawa. Semarang: Yudhistira.