wewadine aksara jawa

6
Wewadine Aksara Jawa Aksara Jawa mono, manut dongengane, mula bukane saka paraga kang asma Aji Saka, asale saka tanah Hindustan. Ananging isih akeh cerita2 liya bab mula-bukane aksara jawa iku. Sing genah, aksara cacah 20 kang kapantha lima-lima iku duwe kandhutan sawijining crita: Hanacaraka (ana utusan), Datasawala (padha padudon), Padhajayanya (padha digdayane), lan Magabathanga (pada dadi bathang/sampyuh). Ing Primbon Bektijammal Adammakna, katlesih kandhutan werdining aksara Jawa mau mangkene: Hanacaraka (ana utusan, yaiku utusane Gusti Allah, wong lanang lan wong wadon), Datasawala (utusan mau padha padu, yaiku padha campuh saresmi), Padhajayanya (padha digdayane), lan Magabathanga (lanang wadon padha sampyuh). Lire, donya iki dumadi saka wong lanang wadon kang mujudake utusane Gusti Allah. Lanang wadon mau padha padu tegese campuh saresmi netepi wajib anggone padha jejodhowan. Padha digdayane, ateges tandhing karosane. Sabubare saresmi biasane kaya wong kang sampyuh ing paprangan, ngglethak angler. Othak-athik gathuk pancen gaweyane wong Jawa. Klebu werdine aksara Jawa kang rinonce kaya iki: Ha (H)urip, Na (nur), Ca (cahya), Ra (roh/rasa), Ka (kumpul), Da (dadi), Ta (tetes), Sa (sawiji), Wa (wadon), La (lanang), Pa (pati), Dha (dhadhal), Ja (jiwa raga), Ya (ya Allah), Nya (nyata),

Upload: aulia-zahra

Post on 19-Jan-2017

104 views

Category:

Education


9 download

TRANSCRIPT

Page 1: Wewadine Aksara Jawa

Wewadine Aksara Jawa

Aksara Jawa mono, manut dongengane, mula bukane saka paraga kang asma Aji Saka, asale saka tanah Hindustan. Ananging isih akeh cerita2 liya bab mula-bukane aksara jawa iku. Sing genah, aksara cacah 20 kang kapantha lima-lima iku duwe kandhutan sawijining crita: Hanacaraka (ana utusan), Datasawala (padha padudon), Padhajayanya (padha digdayane), lan Magabathanga (pada dadi bathang/sampyuh).

Ing Primbon Bektijammal Adammakna, katlesih kandhutan werdining aksara Jawa mau mangkene: Hanacaraka (ana utusan, yaiku utusane Gusti Allah, wong lanang lan wong wadon), Datasawala (utusan mau padha padu, yaiku padha campuh saresmi), Padhajayanya (padha digdayane), lan Magabathanga (lanang wadon padha sampyuh).Lire, donya iki dumadi saka wong lanang wadon kang mujudake utusane Gusti Allah. Lanang wadon mau padha padu tegese campuh saresmi netepi wajib anggone padha jejodhowan. Padha digdayane, ateges tandhing karosane. Sabubare saresmi biasane kaya wong kang sampyuh ing paprangan, ngglethak angler.

Othak-athik gathuk pancen gaweyane wong Jawa. Klebu werdine aksara Jawa kang rinonce kaya iki:

Ha (H)urip, Na (nur), Ca (cahya), Ra (roh/rasa), Ka (kumpul),

Da (dadi), Ta (tetes), Sa (sawiji), Wa (wadon), La (lanang),

Pa (pati), Dha (dhadhal), Ja (jiwa raga), Ya (ya Allah), Nya (nyata),

Ma (manungsa), Ga (gilir gumanti), Ba (bakal), Tha (thukul), Nga (ngalam donya)

Yen tembung-tembung ing dhuwur iku dironce, aksara Jawa cacah 20 iku nduweni teges: Urip (asal saka) nur cahya (lan) roh (kang) kumpul dadi tetes sawiji (nuwuhi) wadon (lan) lanang, (samangsa tumekeng) pati, (bakal) dhadhal jiwa ragane, ya Allah, nyata manungsa gilir gumanti bakal thukul (ing) ngalam donya.

Page 2: Wewadine Aksara Jawa

Asal Usul Aksara Jawa

Nalika semana ing Medhang Kamulan di printah dening sawijining raja kang tumindake tansah mimpang saka ing bebener, anane mung daksia, adigang, adigung, adiguna, lan kang luwih gawe mirise warga sanegara yaiku sang nata kang saben dinane njaluk tumbal awujud manungsa kanggo dipangan. Prabu Dewata Cengkar mangkono arane Raja iku mau.

Kabar kang kaya mangkono wus keprungu nganti sanjabane rangkah praja Medhang Kamulan, Sawijine wektu ana satria bagus gagah pideksa, Aji Saka asmane. ora amung rupa lan dedeg piadege kang becik, ananging Aji Saka uga satria kang tansah lumaku ing bebener, dhasare sekti mandraguna.

Aji Saka kang mireng kabar patrape prabu Dewata Cengkar ing Medang Kamulan daya daya sabyantu marang warga ing kono,  Sawise prapteng Medhang kamulan, Aji Saka kepingin inggal di sowanake menyang ngarsane Prabu Dewata Cengkar supaya inggal rampung dahuru kang gawe geges lan mirising warga. Niate Aji Saka kang kaya mangkono ora di keparengake karo Patih ing Medhang Kamulan, Patih rumangsa mesakake marang Aji Saka yen nganti dadi tumbaling Dewata Cengkar kang ora duwe sipat kamanungsan. Ananging niate Aji Saka ora bisa di palangi maneh. Ngendikane Aji Saka," Paman Patih mboten sisah kwatir, mugi mugi Gusti Ingkang Maha Agung tansah paring keslametan dateng kawula Paman. Langkung langkung ngantos siang punika Paman Patih dereng ngaturaken tumbal kangge patedhanipun Dewata Cengkar to Paman?"

Sedih lan kuwatir nggudha atine Patih mau, ananging kepiye maneh, Patih datan bisa mbendung karepe Aji Saka kang nyuwun di sowanake ngersane Prabu Dewata Cengkar, patih kanthi rasa abot nyowanake Aji Saka. Satekane Aji Saka, Prabu Dewata Cengkar gumuyu lakak lakak seneng atine sabab mangerteni kang di sowanake nom noman kang bagus gagah pideksa. Wus kaya kaya datan sabar Prabu Dewata Cengkar arsa ngadeg lan nedha Aji Saka, ananging sadurunge Dewata Cengkar ngadeg, Aji Saka matur," Mangke rumiyin Sang Prabu, kawula aturi sabar sawetawis, mboten mboten yen kula badhe mlajar,"

"Aku wis ora sabar kepingin mbadhog kowe hem bocah bagus,, hahahahahahaha,,," Ucape Dewata Cengkar di barengi guyu nganti kaya gledheg swarane.

"Saderengipun kula panjenengan tedha, keparengna kula gadhah panyuwunan ingkang pungkasan, kula badhe nyuwun tanah ing nagri punika," Panyuwune Aji Saka.

" Hemmm,,, wong arep modar kok njaluk lemah arep kok nggo apa,,,??" Dewata Cengkar nggumun karo penjaluke Aji Saka.

"Samangke sasampunikun kula pejah badhe wonten sedhrek kawula ingkang badhe manggeni tanah kala wau Sang Prabu." Aji Saka wangsulan.

Page 3: Wewadine Aksara Jawa

“Banjur sepira ambane? apa sak alun alun cukup? mara gage wansulana bakal ingsun turuti penjalukmu,, hemm ora sabar aku selak kepingin mbadhog kowe"Aji Saka paring wangsulan" Mboten sang prabu, kula namung nyuwun tanah ing sisih kidul saking Praja Medhang Kamulan punika, wondene ambanipun namung sak ambanipun iket sirah kula punika"

"Hhahahahaha..... mung sak mono iku?? " Dewata Cengkar gumuyu.“Leres, anamung kawula nyuwun prabu Dewata Cengkar kiambak ingkang ngukuraken

tanah kala wau kangge kawula.Dewata Cengkar nyarujuki apa panyuwune Aji Saka, dina iku uga sakarone kairing

wadya lan saperangan warga tumuju papan kang di karepake Aji Saka." Mangga, kawula aturi nyepeng pucuking iket kula punika Sang Prabu, Mangke Sang Prabu mlampah mundur ngantos sapanjanging iket kula punika" Aji Saka nglepas iket sirah nuli nyuwun marang Dewata Cengkar miwiti ngukur.

Dewata Cengkar nyekel pucuking iket sirah wondene Aji Saka uga nyekel ing pucuk sejene, mundur sangsaya mundur Prabu Dewata Cengkar, ananging sangsaya mundur sangsaya amba uga ikete Aji Saka, nganti Dewata Cengkar tumeka gisiking segara kidul daya daya Aji Saka ngebutake ikete mau,, eling eling Aji Saka manungsa limpat satria kang sekti mandra guna, kumlebete sorban nganti bisa gawe Dewata Cengkar ambruk, njegur kelem ing segara kidul, ora wetara suwe kang jumedhul dudu Dewata Cengkar, ananging wujuding Baya kang putih memplak warnane.

Sawise kadadeyan iku, Praja dadi tata titi tentrem awit reretune praja wus sirna lan nunggal wujud karo baya putih mau, Aji Saka pinilih dadi raja ing Medhang Kamulan,

Wetara suwe anggenya madeg raja, Aji Saka kemutan lelakon kang wus kapungkur nalika paring dhawuh marang muridte kang aran Sembada supaya njaga pusaka kang awujud keris ana lengkehing Gunung Kendheng, Nalika semana Aji Saka paring dhawuh marang murid sakarone kang aran Dora lan Sembada," Muridku, aku bakal tumuju ing praja Medhang Kamulan. salah sawiji saka sira yaiku Dora dherekna lakuku, lan kanggone sliramu Sembada, Ingsun nedya nitip pusakaningsun kang awujud keris iki jaganen aja pisan pisan diwenehake sapa wae kalamun dudu jenengingsun kang mundhut"

Aji Saka datan enget manawa wus dhawuh  lamun dudu Aji Saka dhewe kang mundhut ora kena di wenehake mula banjur utusan murid kang aran Dora kanggo mboyong pusaka lan mrintah supaya Sembada sowan ngadhep ngarsane Aji Saka. Mula satekane Dora ana lengkehing Gunung kendheng yo papan panggonane Sembada banjur padha padudon, sabab sakarone padha padha nampa dhawuh lan kudu tansah ngestokake dhawuh sanadyan nyawa totohane.

Page 4: Wewadine Aksara Jawa

"Sembada, aku iki utusane ratu, apa kang tak ngomongake iku dhawuhe ratu, mula keris pusaka ndak suwun bakal ndak sowanake menyang Medhang Kamulan, semono uga sliramu di jaluk bisa sowan ngarsane Prabu Aji Saka," Dora meksa marang Sembada.Sembada wangsulan" Sedulurku tunggal guru, apa sliramu ora eling nalika semana Guru ngendika aja pisan pisan menehake pusaka yen dudu Guru Dhewe kang mundhut? Aku iki yo abdine Guru Aji Saka, aku kudu tansah nindakake dhawuh."

Sakarone padha teteg ing pendhiriane dhewe dhewe, temah wusanane dadi perang gedhe ing antarane sakarone, adu kasekten, kadigdayan saha kaprawiran, eling eling sakarone tunggal guru mula ya padha sektine. Suwe anggone padha ngadu tandhing wusanane datan ana sing mimpang malah sakarone sirna temahing lampus mbarengi tekane utusane Aji Saka kang sumusul yaiku Duga lan Prayoga sabab suwe anggone nunggu baline murid sakarone. Duga lan Prayoga sabanjure bali nggawa warta menyang Medhang Kamulan.

Tumetes luhira Sang Aji Saka ngawuningani abdi sakarone kang wus tanpa nyawa, Aji Saka rumangsa luput datan enget dhawuhe menyang Sembada nalika semana. banjur tuwuh pangandikane, “Muridku kang tansah tuhu dhawuhku Dora lan Sembada, iki kabeh wus kinersakake Gusti Kang Murba Kawasa, sira sakarone wong kang tuhu bekti ngestokake dhawuhe gurumu, sanadyan nyawa kang dadi pitukone, mula jenengmu bakal di eling wong sak tanah Jawa lumantar simbul aksara,

Ha Na Ca Ra KaDa Ta Sa Wa La

Pa Dha Ja Ya NyaMa Ga Ba Tha Nga.

hanacaraka, ana utusan. datasawala, padha kerangan ngedu tandhing. 

padha jayanya, padha sektine. magabathanga, bareng tumeka ing lampus.”

Ngendikane Sang Aji Saka sineksenan bumi langit saisine mula banjur nemahi anane Aksara Jawa, kanggo ngeling eling lan tuladha sepira tuhu begtine Dora lan Sembada kang tansah ngestokake dhawuh guru lan ratu gustine, ngetohake pati kanggo njaga amanat kang sinangga.

Sumber: a. http://corojowo.blogspot.co.id/2012/08/wewadine-aksara-jawa.html b. http://putra-pesanggerahan.blogspot.co.id/2013/03/asal-usul-aksara-jawa.html

Aulia Zahra Tasyarasita03 / X MIPA U-1