maca lan nulis aksara jawa fix

38
Maca lan Nulis Aksara Jawa Makalah menika dipun susun kangge tugas mata kuliah Bahasa Daerah Dosen : Drs. Samidi, M.Pd. Dipun susun dening : Kelompok 2 1. Afina Nur Fadhila (K7112004) 2. Ambar Febriyanti (K7112012) 3. Apriana K ( K7112027) 4. Atiek Zulfah Laila (K7112039) PROGRAM STUDI PENDIDIKAN GURU SEKOLAH DASAR (PGSD) FAKULTAS KEGURUAN DAN ILMU PENDIDIKAN

Upload: ambar-febriyanti

Post on 26-Nov-2015

519 views

Category:

Documents


8 download

TRANSCRIPT

Maca lan Nulis Aksara JawaMakalah menika dipun susun kangge tugas mata kuliah Bahasa DaerahDosen:Drs. Samidi, M.Pd.

Dipun susun dening:Kelompok 21. Afina Nur Fadhila(K7112004)2. Ambar Febriyanti(K7112012)3. Apriana K( K7112027)4. Atiek Zulfah Laila(K7112039)

PROGRAM STUDI PENDIDIKAN GURU SEKOLAH DASAR (PGSD) FAKULTAS KEGURUAN DAN ILMU PENDIDIKAN UNIVERSITAS SEBELAS MARET

2014ATUR SAPALAPuji syukur dhumateng Allah SWT, ingkang sampun maringi kenikmatan saha hidayahipun saenggo kita saged ndadosaken makalah tugas basa jawi punika kanthi sae. Wonten makalah punika penyusun nyariosaken babagan Maca lan Nulis Aksara Jawa.Salawat saha salam mugi kita kunjuaken dhumateng Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kita tengga syafaatipun benjang ing Yaumul Qiyamah. Penyusun makalah punika mboten kirang saking bantuan pihak sanesipun ingkang sampun mbiyantu. Atur panuwun dening : 1. Bapak Drs. Samidi, M.Pd minangka dosen Basa Daerah ingkang sampun paring bimbingan saengga kita saged ndadosaken makalah punika.2. Kanca- kanca kelas 4A sedaya Penyusun makalah punika mboten sampurna saenggo kritik lan saran kita tampi kanthi ikhlas kangge mbenehaken makalah punika. Mugi-mugi tulisan punika saged kagem renungan kita panjenengan sedaya. Surakarta, Maret 2014

Penyusun

DAFTAR ISI

ATUR SAPALAiiDAFTAR ISIiiiBAB I PANGRUMIYINAN1A.Landesan Perkawis1B.Rumusan Perkawis1C.Tujuan1BAB II PANGREMBAGAN4A.Asal Usul Aksara Jawa4B.Maca Aksara Jawa6C.Nulis Aksara Jawa71.Tembung Andhahan72.Panulise Tembung Rangkep103.Panulise Tembung Camboran114.Sandhangan125.Aksara Murda156.Aksara Swara167.Aksara Rekan188.Angka Jawa199.Pada20BAB III PANUTUP25A.Kesimpulan25B.Saran25DAFTAR PUSTAKA26

iii

BAB IPANGRUMIYINAN

A. Landesan PerkawisIng salebeting jaman globalisasi kemajenganipun teknologi informasi ingkang tansaya ngrembaka. Kathahipun budaya manca ingkang lumebet dhumateng negari Indonesia anjalari bilih sedaya peranganing gesang bebrayan ngalami owah gingsir, kalebet unggah-ungguh, subasita, watak, saha gayanipun para manungsa. Pangaribawa budaya teknologi informasi (kadosta televisi, radhio, internet, lan sapanunggilipun) celak sanget kaliyan para putra (generasi mudha); tundhanipun kapribaden budaya timur (budaya Jawi) ketingal sangsaya luntur, kapribaden budaya manca kados-kados tuwuh ngrembaka. Pramila ing wekdal menika kathah kedadosan ingkang cengkah lan boten jumbuh kaliyan budayanipun piyambak, ingkang adamel tintrimipun tiyang sepuh. Kedadosan-kedadosan ingkang nalisir saking tumindak kautamen, kadosta pasrawungan ingkang bebas tanpa wates, tumindak sedheng, padudon antawisipun para siswa/mahasiswa, lan sanes-sanesipun asring ngrenggani pawartos-pawartos wonten ing televisi. Tiyang sepuh rumaos kuwalahan saha kawratan menawi badhe anggulawenthah kapribaden ingkang pinuji, budi luhur utawi pakarti ingkang utami dhumateng para putra wiwit wonten ing kulawarga, pawiyatan (sekolah), punapadene wonten ing bebrayan agung (masyarakat).Basa Jawi menika sampun wonan taun diserat mawa Aksara Jawi utawi ugi diarani Hanacaraka. Panyeratan basa Jawi mawa aksara Hanacaraka menika dipun wiwiti saking taun 804 Mashi ngantos dijabel dning Tentara Dai Nippon ing taun 1942. Kala menika basa Jawa mboten pareng diserat mawa aksara Hanacaraka. Sawisipun Tentara Dai Nippon tindhak saking siti Jawi, aksara Jawi pareng dienggo manh. Sak menika mboten namung aksara Jawi, nanging uga basa Jawi piyambak kakikis dning basa Indonesia, sawisipun Republik Indonesia mardika ing taun 1945. Nanging aksara Jawi tasih dienggo sakala-kala lan tasih dados pelajaran wajib wonten sekolah-sekolah ing Tanah Jawi.

1

Senadyan aksara Latin sak menika langkung katah dipigunakak tinimbang aksara Jawi, kawruh ing aksara Jawa menika tasih diperlokak sanget, utaman yn kudu maos naskah-naskah lan buku-buku lami. Naskah lan buku lami menika cacahipun katah sanget banget nganti wonan. Sapanunggalipun menika aksara Jawi ugi dienggo nyerat basa-basa sapanunggalipun wonten Nuswantara, kados basa Bali, basa Madura, basa Sundha, basa Sasak lan basa Melayu. Lajeng menawi sampun saged baud ing aksara Jawi, menawi ajeng sinau aksara kerabat liyan saking India dados luwih gampang.

B. Rumusan Perkawis1. Kados Pundi asal usul aksara jawa?2. Kados Pundi carane maca lan nulis aksara jawa?a. Kados Pundi panulise tembung andhahan?b. Kados Pundi panulise tembung rangkep?c. Kados Pundi panulise tembung jamboran?d. Punapa wae sandhangan ing aksara jawa?e. Punapa pengertiane lan kepiye panulise aksara Murda?f. Punapa pengertiane lan kepiye panulise aksara Swara?g. Punapa pengertiane lan kepiye panulise aksara Rekan? h. Kados Pundi panulise angka jawa?i. Kados Pundi panulise pada ing aksara jawa?

C. Tujuan1. Mangertosi asal usul aksara jawa2. Mangertosi tata cara maca lan panulisan aksara jawa2

BAB IIPANGREMBAGAN

Aksara Jawa iku sawijining aksara sing digunakak ing Tanah Jawa lan saubeng kayata ing Madura, Bali, Lombok lan uga Tatar Sundha. Aksara Jawa iku uga diarani Hanacaraka utawa carakan. Aksara iki uga dienggo nulis basa Sangsekerta, basa Arab, basa Bali, basa Sundha, basa Madura, basa Sasak lan uga basa Melayu. Aksara jawa cacahe ana 20.

3

Posisi Panulisan aksara Jawa menawi dipun serat ngangge asta inging menika nggandul ing baris, mboten nunggang ing garis.

A. Asal Usul Aksara JawaAdhedhasar konsepsi secara tradisional laire aksara Jawa digathukake karo Legenda Aji Saka, crita turun-temurun awujud tutur tinular (dari mulut ke mulut) bab padudon lan perang tandhinge Dora lan Sembada jalaran rebutan keris pusakane Aji Saka sing kudune tansah padha direksa bebarengan ing pulo Majeti. Wusana Dora lan Sembada mati sampyuh ngeres-eresi.Nalika arep angejawa, Aji Saka kang didherekake para abdine sing jenenge Dora, Sembada, Duga, lan Prayoga lerem ing pulo Majeti sawatara suwene. Sadurunge nerusake laku angejawa, Aji Saka ninggal pusaka awujud keris. Dora lan Sembada kapatah ngreksa kanthi piweling wanti-wanti, aja pisan-pisan diwenehake wong saliyane Aji Saka dhewe sing teka ing pulo Majeti njupuk pusaka kasebut. Aji Saka banjur nerusake laku dikanthi Duga lan Prayoga. Dene Dora lan Sembada tetep ana pulo Majeti ngreksa pusaka.Sawise sawatara lawase, Dora lan Sembada krungu kabar manawa Aji Saka wis dadi ratu ing Medhangkamulan. Dora ngajak Sembada ninggalake pulo Majeti ngaturake pusaka marang Aji Saka. Sarehne Sembada puguh ora gelem diajak awit nuhoni dhawuhe Aji Saka, kanthi sesidheman si Dora banjur menyang Medhangkamulan tanpa nggawa keris. Marang Aji Saka si Dora kanthi atur dora wadul warna-warna.Dora kadhawuhan bali maneh menyang pulo Majeti. Gelem ora gelem Sembada kudu diajak menyang Medhangkamulan kanthi nggawa keris pusaka. Dora banjur budhal. Jalaran panggah ora percaya marang kandhane si Dora, Sembada puguh ora gelem diajak jalaran nuhoni dhawuhe bendarane, lan precaya manawa Aji Saka bakal netepi janjine mundhut pusakane tanpa utusan. Lelorone padha padudon rebut bener, banjur pancakara perang tandhing rebutan keris. Wasana Dora lan Sembada padha mati sampyuh ketaman keris sing dienggo rebutan.Sawise sawatara suwe Dora ora sowan maneh ngajak Sembada ngaturake keris pusaka, Aji Saka banjur utusan Duga lan Prayoga nusul menyang pulo Majeti. Bareng tekan pulo Majeti saiba kagete Duga lan Prayoga meruhi Dora lan Sembada padha mati ketaman pusaka sing isih tumancep ing dhadhane. Sawise ngupakara layone Dora lan Sembada kanthi samesthine, Duga lan Prayoga banjur gegancangan marak ratu gustine ngaturake pusaka lan pawarta bab patine Dora lan Sembada.Midhanget ature Duga lan Prayoga, Aji Saka sakala ngrumangsani kalepyane dene ora netepi janji mundhut pribadi pusaka sing direksa Dora lan Sembada. Minangka pangeling-eling, Aji Saka banjur ngripta aksara Jawa legena cacah rong puluh wiwit saka HA nganti NGA.HA NA CA RA KADA TA SA WA LAAna caraka (utusan)Padha suwala (padudon, pancakara)

PA DHA JA YA NYA MA GA BA THA NGAPadha dene digdayaneWasana padha dadi bathang

Iku mau konsepsi secara tradisional bab kelairan lan penyusunane aksara Jawa anyar. Pancen abjad aksara Jawa sing 20 cacahe lan disusun dadi patang larik iku, mujudake guritan sing gampang diapalake lan dieling-eling (memoteknik), mligine tumrap sing lagi wiwit sinau maca lan nulis aksara Jawa. Abjad sing kaya guritan lan digathukake karo legenda Aji Saka mau saya narik kawigaten bareng dikantheni gambar padudon, perang tanding lan mati sampyuhe Dora lan Sembada.

Ajaran/wewarah filsafat urip adhedhasar aksara Jawa kuwi ya iku: ha-na-ca-ra-ka ateges ana utusan yaiku utusan urip, wujude napas sing kajibah manunggalake jiwa lan raganing manungsa. Karepe ana sing paring kapercayan, ana sing dipercaya, lan ana sing dipercaya kanggo makarya. Telung prakara iku ananging Allah, manungsa lan jejibahane manungsa (minangka titah). da-ta-sa-wa-la ateges manungsa sawis cinipta nganti tekan saat tinimbalan, ora bisa nolak utawa ndha apadn semaya. Manungsa lan samubarang kudu ndhrk sendika dhawuh, nampa sarta nindakake kersane Allah. pa-dha-ja-ya-nya ateges manunggale Dzat Kang Paring Urip (Khalik) karo sing diparingi urip (makhluk). Karep cocog nunggal batine sing bisa disawang ing sajron solah bawan adhedhasar kaluhuran lan kautaman. Jaya iku menang, unggul sing sabener-benere, ora mung menang-menangan utawa menang ora sportif. ma-ga-ba-tha-nga ateges nampa sakabehing dhedhawuhan sarta larangane Allah Kang Maha Kuwasa (takwa). Maksud, manungsa kudu pasrah, sumarah marang garising diwajibake, sanajanta manungsa diparingi wenang kanggo ngiradati, budidaya kanggo nanggulangi. Wusanan, kabeh mung ana panguwasan Allah.

B. Maca Aksara Jawa?sertHji$k.?%*uj@mi[yosSi[nownHi=prskbtTipu[nWonTe[nHi=kd[ton\k[azetTnSkbtKklih,ai=k=fipunTil/[wonTenHi=pu[lomajeqi,pu[nForkliynPunSemBf,pznFiknipun\;si[forlnSi$emBda[mdi[aorwninusul\awitWedianerkWweksSi=$un\,[ah;fu&lnsi][yog,sirpdmev=zai=pu[omjeqi,si[forlnSi$emBftimBlLn,xxkS[nNkgu=znNi=$unKeri[sKonNenH=gw.skbtKklihmuvJ|kSnFik,vemBh,lj_m=kt\,Serat AjisakaPrabu Jaka miyos sinowan ing para sakabatipun wonten ing kadhaton. Kaengetan sakabat kakalih, ingkang dipun tilar wonten ing pulo majethi, Pundora kaliyan Punsembada, pangandikanipun si Dora lan si Sembada amedhi ora wani nusul awit wedi anerak wawekas ingsun, eh, Duga lan Prayoga, sira menyanga ing pulo majethi, si Dora lan si Sembada timbalana, rereksane kagungan ingsun keris konen anggawa. Sakabat kakalih munjuk sandika, nyembah, lajeng mangkat.

C. Nulis Aksara Jawa1. Tembung AndhahanTembung andhahan inggih menika tembung ingkang sampun ewah saking asalipun. Tembung andhahan kedadosan saking tembung lingga angsal ater-ater, seselan, panambang utawi dipun-rangkep.a. Kang oleh ater-ater : a n\, a=, av\Ater-ater inggih menika wuwuhan ingkang manggenipun wonten ing sangajengipun tembung lingga.AngkaTembung andhahanTulisan JawaTembung lingga

1NjalukavJluk\jaluk

2Nggambara=gmB/Gambar

3Dijupukfijupuk\Jupuk

4NdalanganDa=dalang

Cathetan: a) Tembung-tembung kang pakecapane nganggo aksara irung lan saburine tembung ing, ora kena ditulis nganggo anuswara.Tuladha:besuk = [bsuk\ing dhusun= ai=dusun\ing dhuwur= ai=duwu/b) Tembung saburine ing ngisor iki panulisane nyimpang dadi nganggo anuswara.Tuladha:ing ngisor= ai= zi[so/ing ngendi= ai=zenFiKang oleh ater-ater: a,mOra ngowahake tembung kang diater-ateri.Tuladha:1) maguru acrana biru= mguruacRnbiru2) maratuwa martapa= mratuwma/tpKang oleh ater-aterTuladha:1) separo sedulur= sep[rosefulu/2) saembar = s[a[mB/

b. Panulisane tembung kang nganggo seselan in, el,er, umTuladha:1) greged kumaki= g}gef|mki2) kinalang tinuku= kinl=tinuku3) tlusar-tlusur= s|s/ s|su/Seselan inggih menika wuwuhan ingkang manggenipun wonten ing satengahinh tembung lingga, utawi wonten ing sawingkingipun aksara sepisan tembung lingga. Tuladha:AngkaTembung andhahanWujuding seselanTembung lingga

1Ginanjaringanjar

2Gelebyarelgebyar

3Sumebarumsebar

Katrangan:Seselan menika saged manggen wonten ing sangajengipun tembung lingga manawi tembung lingganipun dipunwiwiti aksara swara.Tuladha: um + elu = emelu (melu) in + ajak = ingajak (ngajak)c. Panulise tembung kang nganggo panambangPanambang inggih menika wuwuhan ingkang manggenipun wonten ing sawingkingipun tembung lingga.Tuladha:AngkaTembung andhahanWujuding panambangTembung lingga

1jupukna-naJupuk

2tulisen-enTulis

3bukune-neBuku

1) Yen linggane nganggo sigeg panulise didhobel sigage Tuladha:a) nganakake linggane anak= vnkK[kb) munjuli linggane punjul= muvJ|lLi2) Yen linggane ora nganggo sigeg panulise ora kadhobel sigeg.Tuladha:a) ngandhakake linnggane kandha = znDkH[kb) ndhewekake linggane dhewe= [d[wkH[k3) Yen asale saka tembung garbaTuladha:a) nunggoni= n + tunggu +an + i = nu=[gonNib) nukoni= n + tuku +an + i = nu[konNi

2. Panulise Tembung RangkepTembung Rangkep tembung kang wanda utawa linggane karangkep (ditulis utawa diunekake kaping pindo).Tembung rangkep kapilah dadi 3 yaiku:a. Dwi LinggaDwi lingga tegese sing dirangkep tembung linggane. Dwi lingga panulise ora kena nganggo angka 2, awit siji-sijine panulise isih ajeg. Tuladha:1) maca-maca = mcma2) umun-umun=aumunHumun\3) dioyak-oyak= fi[aoy[kHoyk\

b. Dwi PurwaDwi purwa tegese sing dirangkep wanda wiwitane utawa purwane wanda. Dwi purwa panulise purwa kang ngarep dipadhakake karo purwa kang buri. Tuladha:1) Pepundhen= pupu[nDn\2) Tetuku= tutuku

c. Dwi WasanaDwi wasana tegese sing dirangkep pungkasane wanda. Dwiwasana purwaning tembung katulis kaya purwaning linggane.Tuladha:1) pethuthuk= peququk\2) cekukruk= cekuku]k\

3. Panulise Tembung CamboranTembung camboran inggih menika gabunganing tembung kalih utawi langkung ingkang nggadhahi teges enggal.Tuladha:AngkaTembung camboranWujuding linggaKatrangan

1Semar mendemsemar + mendemaraning panganan

2meja ijomeja + ijopengadilan

3Bangjoabang + ijolampu lalu lintas

Rimbag jamboran kang tembunge ngarep wandane wakasan sigeg, sarta tembunge kang buri apurwa aksara a aksara a mau ajeg bae, ora owah. Tuladha:a. udan awu= aufnHwub. dhemit alas= demitHls\c. mangan ampas= mznHmPs\4. SandhanganMinangka sawijining abugida utawa alphasyllabary kabh aksara Hanacaraka iku sacara otomatis wis ngandhut swara [a]. Conton ing aksara Hanacaraka ora ana simbul sing nglambangak uni /k/ anan. Nanging swara a iki bisa diganti lan diowahi mawa tandha diakritis. Tandha-tandha diakritis iki ing basa Jawa diarani sandhangan. Ing aksara Hanacaraka ana telung jenis sandhangan: sandhangan swara, panyigeging wanda lan wyanjana.

Sandhangan SwaraSandhangan swara iku ngowahi swara saka fonm /a/ inadhuwuring sawijining aksara.

Wulu ngowahi swara dadi /i/.Suku ngowahi swara dadi /u/.Pepet ngowahi swara dadi //.Taling ngowahi swara dadi // utawa //. Taling iki ditulis ing sisih kiwa sawijining aksara.

Taling TarungTaling tarung ngowahi swara dadi /o/. Taling tarung iki ditulis ing sisih kiwa lan tengen sawijining aksara. Taling tarung ing pasangan H S P, panulisane taling maju sakwanda ing ngarepe sigeg mau.Tuladha :a. Anak polah = an[kPolhb. Kepaten obor = kep[t[nHo[b[/oc. Anak sombong = an[kSo[mB=oTaling Tarung SemuTembung rong wanda aswara a, wanda ngarep kang nganggo sigeg panulisane aksara Jawa wanda kang ngarep nganggo taling tarung semu (palsu).Tuladha:a. Kanca landa = [kovC[lonFb. Kandha sanja = [konD[sovJ

Sandhangan panyigeging wandaSandhangan panyigeging wanda iku sandhangan sing nambahi sawijining aksara swara /h/, /r/, // utawa matni aksara.

Sandhangan wyanjanaSandhangan wyanjana ditrapak kanggo nggabungak uni sawetara aksara.

5. Aksara MurdaMurda = sirah (Walanda = hoofd, Inggris = head)Aksara murda = aksara sirah, aksara sesirah (Walanda : hoofdletter, Inggris : capital).Aksara murda iku satemene ora ana. Wondene kang lumrahe diarani aksara murda, utawa kang dianggep minangka aksara murda iku sejatine Aksara Mahaprana, yaiku aksara kang pancene kudu diucapake kanthi abab akeh; kosok baline aksara alpaprana, yaiku aksara kang kudu diucapake lumrah (kanthi abab sathithik).Aksara murda ing panggunan basa Jawa saiki biasa dienggo dadi kaya dn huruf gedh ing aksara Latin utawa dienggo nulis jeneng-jeneng sing dimulni utawa dikurmati. Aksara murda uga diarani aksara mahaprana. Sajatin aksara iki unin bda karo sing lumrah, amerga mula-mulan piridan saka ing basa Sangskreta. Nanging tumraping basa Jawa dianggep pada wa pocapan, mung gunan dadi sj.Ing dhuwur iki bisa dideleng yn ora kabh aksara nduw aksara lan pasangan. Banjur aksara sa ana loro cacah jenis. Tulisan sa- ngrujuk ing aksara sing diarani sa kembang.

Cacahe aksara murda (kang DIANGGEP aksara murda ) ana wolu, yaiku : Na, Ka, Ta, Sa, Pa, Nya, Ga, Ba. Saben aksara Murda ana pasangane. Aksara Ca ora ana murdane , nanging pasangane ana , nanging saiki wis ora kanggo.Aksara murda mung kanggo ing tata prunggu, tegese kanggo pakurmatan. Aksara murda ora kena dadi sesigeging wanda. Ing jaman biyen kang lumrah ditulis nganggo aksara murda asmane para luhur, jejuluke lan pedunungane minangka pakurmatan. Tuladhane , kayata :Kanjeng SuSuhunNan PaKu BuwaNa ing SuraKarta HadiNingratDewi SinTa putrane putri PraBu JaNaKa raTu nagara manTili kagarwa PraBu Rama.Saiki jaman demokrasi . Prayogane kabeh jenenge wong lan jenenge titah kang tata-caraning uripe kaya manungsa, kayata raseksa, wanara lan sapanunggalane kang kasebut ing carita padhalangan lan liya-liyane , katulis nganggo aksara murda. Cukup nganggo aksara murda siji bae, aksara sing ngarep dhewe. Yen aksara sing ngarep dhewe ora ana murdane , ya aksara burine ; yen burine ora ana murdane, ya burine maneh. Tuladhane, kayata :Dipaprawira, Mas Sudarsana, Prawiramartaya, Raden Burham, Bu guru Nurratri, Raden Ajeng Kartini, Pak Mantri Aripin Raseksi Trijatha.Tuladha:a. Sang Nata= $=!#b. Prabu Brawijaya= %]*u*]wijyc. Surabaya= $ur*y

6. Aksara SwaraAksara swara iku kanggo nulis tembung-tembung manca lan ora wenang dadi pasangan. Aksara swara kagem nyerat titi tembung saking basa asing utawi huruf ageng.

tata caranipun:1. Mboten saged dados aksara pasangan2. saumpami aksara swara kepanggih kaliyan sigegan kedhah sigegan punika dipun pangku.3. aksara swara saged dipun paringi sandhangan wignyan, layar, cecek, suku, wulu lan sapanunggalipun.Tuladha:a. Umar Eropah= Um/E[rophb. Oktober= O[kTobe/c. Agustus= Agus|s\ d. Ibrahim= I*]aim\

Aksara swara iku aksara swatantra sing nglambangak vokal bbas. Ing Hanacaraka aksara iki yaiku: a, i, u, , lan o. Banjur re (diarani pa cerek) lan le (diarani nga lelet) uga diarani aksara swara. Alesan amarga ing basa Sangskreta "re" lan "le" sing tinulis lan , kaanggep aksara swara. Mulan ora ana aksara swara sing nglambangak pepet amerga ing basa Sanskreta ora ana pepet.x jenenge p dicerek, dadi lelirune reX jenengez dilelet, dadi lelirune leWondene aksara swara x dadine pasangan> katulis jejer karo aksara kang dipasangi; aksara swara X, dadine pasangan Lekatulis ing sangisore aksara kang dipasangi; mesthi bae pasangane pepet dumunung ing sadhuwure aksara kang dipasangi.

7. Aksara RekanPanganggone aksara rekan iku kango nulisi tembung manca yen perlu dicethakake pakecapane, dene asline aksara iku pancen ora ana. Wujude aksara rekan iku tandha cecek kehe telu ing sadhuwure aksara.Aksara rekan dipun ginakaken kagem nyerat tembung-tembung saking basa Arab.Tuladha: Firman Ghaib= p/mn\g+aib\

Khabar, dzikir= k+b/,j+iki/ Zakat, faseh= j+kt\,p+[sh

tata caranipun:a. aksara rekan saged dados pasanganb. aksara rekan saged diparingi pasanganc. aksara rekan saged diparingi sandhangan sami kaliyan aksara ing hanacaraka.d. Gunane aksara rekan dienggo nulisi tembung manca kang dicethakake, luwih-luwih tembung Arab.Manawa ora dicethakake yen kang ditulis iku tembung manca, mung katulis nganggo aksara lumrah bae. Tuladhane kayata :Khatib= k+tib\ yen ora dicethakake ktib\Dzikir= f+iki/ yen ora dicethakake fiki/Faham=p+am\ yen ora dicethakake pam\Zakat=j+kt\ yen ora dicethakake jkt\Ghaib= g+Ib\ yen ora dicethakake gIb\e. manawa aksara rekan karaketan sandhangan pepet, cecake telu dumunung ing sajroning pepet; dene yen karaketan sandhangan wulu, layar utawa cecak , cecake telu dumunung ing tengen.Tuladhane :Firman= p+i/mn\

8. Angka JawaGunane angka jawa kanggo nengeri cacah utawa urut-urutan, yaiku

Sarehning angka Jawa iku awujud aksara Jawa , supaya ora mbingungake , panulise kudu dipisah karo aksara Jawa kang dumunung ana ing sakiwa tengene . Srana kang dienggo misah iku pada pangkat, mulane angka Jawa diapit-apit ing pada pangkat . Tuladhane :?[stau[nWonTen\;g2;wuln\,Setaun wonten 12 wulan. Manawa ing saburine angka Jawa ana pada lingsa utawa lungsi , ing saburine angka iku banjur tanpa pada pangkat. Tuladhane :?m=k[tTjm\;7,mulih[ajm\;10.Mangkate jam 7, mulihe jam 10

9. PadaWarnane pada ing aksara jawa, yaiku:a. Pada lingsa ( , ) kanggone padha karo koma ana ing aksara latin, nanging yen wis ana pangkon ora ngango pada lingsa maneh.Tuladha:?ajfh[wn\munD[kHork[jn\Aja dahwen, mundhak ora kajen.

b. Pada lungsi ( .) kanggone padha karo titik, mapane ana ing wekasaning ukara. Yen wis nganggo pangkon pada lungsi disalini pada lingsa.Tuladha:?[w=oauripHikukufugemi,nsTitilnZtiati.Wong urip iku kudu gemi, nastiti lan ngati-ati.

c. Pada pangkat ( ; ) kanggo ngapit-apit angka jawa lan kanggo ngelet-eleti tetembungan karo keterangan.Pada pangkat, gunane werna-werna, kayata : Kanggo ngapit-apit angka Jawa Ing saburine tembung yaiku utawa kayata, manawa sawise tembung ikubanjur mratelakake bab utawa barang luwih saka loro. Tuladhane :?%nDwcch[a;5,yaiku;yudiSQir,*im,A/ju!,!kulln[fw.Pandhawa cacahe 5, yaiku : Yudhisthira, Bhima, Arjuna, Nakula, lan Sadewa.d. Adeg-adeg ( ? ) kanggo miwiti ukara saben larikan anyar.Tuladha:?llraikupnul[kKluwihgmP=srnpvJg,tinimB=srnt[tomB.Lelara iku panulake luwih gampang sarana ;panjaga, tinimbang sarana tetamba.

e. Pada guru ( ?0? ) ditulis ing wiwitane carita utawa layang kiriman.Guru utawa uger-uger, trape ing : sajroning layang kiriman ing sangarepepurwabasa, dadi sawise satatabasa utawa adangiyah.Tuladha:?0?ssmPunNipunHi=k=kf-punik,nuwunWi[yosSipun\ .Sasampunipun ingkang kadya punika, nuwun wiyosipun, ......

Ing wiwitane layang carita, layang dongeng lan sapanunggalane kang ora sinawung ing tembang. Tuladhane :?0?anrtuXmubzet\autusSnNimBlLidukunK=wisMisuwu/pinTe/.bx=dukunWi[sown\ Ana ratu lemu banget , utusan nimbali dhukun kang wis misuwur pinter . Barengdhukun wis sowan

f. Pada pancak ( .0. ) ing wekasaning carita utawa layang kiriman.Tuladha:?lifi=[fo[z=m=[k[n;ajzinmr=spdpd.0.Liding dongeng mangkene : aja ngina marang sapadha-padha.Panutuping wasanabasa ing layang kiriman, kayata :?wsnkwulvuwunWewhai=swbP[zs|.0.Wasana kawula nyuwun wewahing sawab pangestu.

Manawa papane isih ana, pada pancak kena katulis nganti sekebake larikan. Perlu dielingi perangane layang kiriman cara Jawa, yaiku : satatabasa (adangiyah), purwabasa, surasa basa, wasana basa, titimangsa, peprenahan, tandha tangan.

g. Pada andhap () ing wiwitane layang kiriman, patrape kanggo ngajeni marang wong tuwa.Tuladhane:ai=k=semBhsumu=kem\,Ingkang sembah sumungkem.

h. Pada madya () ing wiwitane layang kiriman tandha pakurmatan sapadha-padha.Tuladhane:winn|ai=tkLim\,winantu ing taklim.

i. Pada luhur () ing wiwitane layang saka wong tuwa marang anakTuladhane :p[nFozsLmet\,Pandonga slamet,j. Purwapada, unine becik trape ing bebukane layang tembang ing sangarepe pupuh kapisan. Tuladhane :naenTgvC/ri=kt,[m=okbubukni=tulis\krj[nJ=glxtN,ai=gihp]jfWrwti,wen=aizucpBilih,ngripvJ=apuvJ|=,k=jumen![rnF`,ma%]buArimu/#i,ajujulukMa%]bu%fMnbwaut$]i!rnt,(Sekar Sinom. Serat Abimanyu kerem M. Soekir)Nahen ta gancaring kata, mangka bebukaning tulis, karajan Jenggalaretna, inggih praja Dwarawati, wenang ingucap bilih, nagari panjang apunjung, kang jumeneng Narendra, maha Prabu Arimurti, ajejuluk maha Prabu Padmanaba .....k. Madyapada, unine mandrawa, tegese adoh, tangeh , maksude isih adoh utawaisih tangeh tamate buku utawa carita iku. Trape ing wekasane pupuh manawaarep ganti pupuh liya, kayata ing wekasane pupuh sinom ing ngisor iki arep ganti pupuh Pucung.ru=sitTi=[rrsnHiki,[fnKckupPmucu=zi=p]lmPitbbPi=[wolu,am/n$=%n|sunu,y$=f!vJy,nlik[nmtirgi,kyk=wusM|niai=wiwaj/waiyaiku,[nor[bfnu=glLku,...................rungsiting rerasan iki, den kacakup pamucunging pralampita.Bab ping wolu, amarna sang Pandhusunu, ya sang Dananjaya, nalikane mati ragi, kaya kang muni ing Wiwahajarwa. Iya iku, nora beda nunggal laku, .......l. Wasana pada, unine iti tegese tamat trape ing wekasaning carita kangsinawung ing tembang . Tuladhane :telsS=ipnurtTir,ssibes/pi=szls\AkfKli[wonTaunFl\ttgunsW[r=nt,[m=ossQwinF|svCy,wukusu=s=k=a[tomP,yAlLhk=luwihwikn\[aobh[aosikKi=kwul(Wulangreh tembang Girisa Sri Pakubuwana IV)Telasing panuratira, sasi Besar ping sangalas, Akad kaliwon taun Dal, Tata guna swareng nata (1735), mangsastha windu Sancaya, wuku Sungsang kang atampa, ya Allah kang luwih wikan, obah osiking kawula.5

BAB IIIPANUTUP

A. KesimpulanAksara Jawi ugi dipun arani aksara Hanacaraka utawa carakan yaiku sawijining aksara ingkang diginakakn ing Tanah Jawa lan saubeng kayata ing Madura, Bali, Lombok lan uga Tatar Sundha. Aksara menika uga kangge nulis basa Sangsekerta, basa Arab, basa Bali, basa Sundha, basa Madura, basa Sasa uga basa Melayu.Urutan aksara Jawi dipuntepang unik, amargi nyaperloni setunggal cerios yaiuku cerios Ajisaka : Hana Caraka (enten Pengawal), Data Sawala (benten pamanah), Padha Jayanya (sami kiyat/linangkungipun), Maga Bathanga (kekalihipun pejah).Aksara Jawa utawi aksara Hanacaraka cacahipun wonten 20 huruf dhasar lan 20 huruf pasangane, 8 huruf utama aksara murda, 5 huruf aksara swara, 5 huruf aksara rekan kaliyan pasangane, wonten sandhangan minangka pengatur vokal, huruf khusus, tanda waos, uga tanda pengatur tata panyeratan (pada).

B. SaranMekaten makalah menika kita damel. Kita ngelingi kathah kalepatan wonten ing makalah punika, mula kita nyuwun saran uga kritik saengga saged dandosi makalah kita saklajengipun.

25

DAFTAR PUSTAKA

Anonim. (2006, Mei 28). Jaya Baya. Dipetik Februari 27, 2014, dari jayabaya.wordpress.com: http://jayabaya.wordpress.com/2006/05/28/sejarahe-aksara-jawa/Anonim. (2014, Februari). Ngurip-urip Basa Jawa. Dipetik Maret 04, 2014, dari http://nguripuripbasajawa.blogspot.com/: http://nguripuripbasajawa.blogspot.com/Anonim. (t.thn.). Paugeran nulis Aksara Jawa/Sandhangan. Dipetik Maret 04, 2014, dari incubator.wikimedia.org: http://incubator.wikimedia.org/wiki/Wb/jv/Paugeran_nulis_Aksara_Jawa/SandhanganGunarta, A. (2010, April 10). Saus Buku. Dipetik Maret 04, 2014, dari sausbuku.blogspot.com: http://sausbuku.blogspot.com/2010/04/tembung-rangkep.htmlHafizh, M. (2011, Agustus). Pengertian TEMBUNG CAMBORAN. Dipetik Maret 04, 2014, dari hafizhsma1sragen.blogspot.com: http://hafizhsma1sragen.blogspot.com/2011/08/pengertian-tembung-camboran.htmlMega, L. (2013, Juli 14). Pandawa. Dipetik Maret 04, 2014, dari lisamegawati.blogspot.com: http://lisamegawati.blogspot.com/2013/07/tembung-andhahan.htmlNuraini. (2013). Pepak Basa Jawa Lengkap. Lingkar Media.Samidi. (2010). Basa lan Kabudayan Jawi. Surakarta: UNS Press.Yurisa, N. (2012, April 05). World Of Nadia 2. Dipetik Maret 04, 2014, dari nadwell.blogspot.com: http://nadwell.blogspot.com/2012/04/makalah-aksara-jawa.html

26