sdwijosusastro.files.wordpress.com · web viewingkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika...

146
KAPUSTAKAN DJAWI KAPUSTAKAN DJAWI PUNIKA KAWÊDALAKÊN SASARÊNGAN KALIYAN INGKANG BASA INDONESIA "KEPUSTAKAAN DJAWA" DENING PENERBIT DJAMBATAN Milik Negara Republik Indonesia. KAPUSTAKAN DJAWI dipun têrangakên dening Prof. Dr R. M. Ng. Poerbatjaraka PENERBIT DJAMBATAN. Copyright by Djambatan Jakarta/Amsterdam 1952 Cetakan pertama - Desember 1952 Cetakan kedua - Pebruari 1954 KAPUSTAKAN DJAWI Ingkang dipun wastani kapustakan Jawi, punika sadaya sêrat-sêrat carita, dongèng-dongèng ingkang ngangge basa Jawi. Wondene basa Jawi punika kagolong basa Austronesia; inggih punika basa-basa ingkang kangge sawarnining bangsa pribumi ingkang dêdunung ing kapuloan iring kidul-wetaning jagad Azia: watês lèr wiwit pulo Formosa mangidul; watês kilèn wiwit pulo Madagaskar bablas mangetan ngantos dumugi jagad Amerika-kidul iring ingkang

Upload: others

Post on 03-Jun-2021

9 views

Category:

Documents


0 download

TRANSCRIPT

Page 1: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

KAPUSTAKAN DJAWI

KAPUSTAKAN DJAWI

PUNIKA KAWÊDALAKÊN SASARÊNGAN KALIYAN INGKANG BASA INDONESIA

"KEPUSTAKAAN DJAWA"

DENING PENERBIT DJAMBATAN

Milik Negara Republik Indonesia.

KAPUSTAKAN DJAWI

dipun têrangakên dening Prof. Dr R. M. Ng. Poerbatjaraka

PENERBIT DJAMBATAN.

Copyright by Djambatan

Jakarta/Amsterdam 1952

Cetakan pertama - Desember 1952

Cetakan kedua - Pebruari 1954

KAPUSTAKAN DJAWI

Ingkang dipun wastani kapustakan Jawi, punika sadaya sêrat-sêrat carita, dongèng-dongèng ingkang ngangge basa Jawi.

Wondene basa Jawi punika kagolong basa Austronesia; inggih punika basa-basa ingkang kangge sawarnining bangsa pribumi ingkang dêdunung ing kapuloan iring kidul-wetaning jagad Azia: watês lèr wiwit pulo Formosa mangidul; watês kilèn wiwit pulo Madagaskar bablas mangetan ngantos dumugi jagad Amerika-kidul iring ingkang kilèn. Sarèhne nama Austronesia punika botên patos kêrêp kapirêng, ing ngriki kula santuni nama Indonesia.

Nalika taun 1884 DR BRANDES[1] sagêd nêrangakên bilih bangsa-bangsa kasêbut ing nginggil wau ing jaman kinanipun sangêt, basanipun satunggal; katrangan punika mawi landhêsan panandhinging basa-basa wau.[2]

Page 2: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Nalika tahun 1889 DR H. KERN ngudi malih ing bab têtandhingan basa, ngantos sagêd nêrangakên bilih asal-usulipun bangsa wau, kala taksih kêmpal ngangge basa satunggal, wontên ing tanah Cêmpa, ing samangke kalêbêt tanah Indo-China.[3]

Malah saking pangudinipun P. W. SCHMIDT kenging dipun kintên-kintên bilih asal-usulipun bangsa Indonesia punika kala kinanipun sangêt, saking Asia-têngah; nanging bab punika dèrèng patos têrang.[4]

Ingkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah Cêmpa wau. Bab punika botên namung angsal pasêksèn saking panandhinging basa kemawon; pangudinipun DR. VAN STEIN CALLENFELS, DR. VAN DER HOOP lan sanès-sanèsipun ing bab dêdamêl sela; pêthèl sela, bedhor sela sapanunggilanipun, inggih ugi nêdahakên, bilih pokok-tanahipun bangsa Indonesia punika ing tanah Cêmpa, malah radi ngalèr-ngilèn sakêdhik; dados ing tanah Cina iring kidul.[5]

Ing satunggiling wêkdal, kintên-kintên kala taun 1500 sadèrèngipun taun Masehi, bangsa Indonesia wau buyar saking pokok padununganipun dhatêng pulo-pulo punika; punapa sababipun, botên kasumêrêpan têrang. Ingkang têmtu inggih kêdhêsêg dening sanès bangsa saking lèr utawi saking kilèn.

Sêsampunipun buyar, bangsa wau lajêng manggèn sagolong-golong wontên ing pulo ingkang dipun dunungi enggal.

Awit saking pisah panggenan, danguning dangu sagolong-golongipun wau lajêng botên mangêrtos dhatêng basanipun golongan sanès; sabab pêpêcahaning basa wau lajêng tuwuh piyambak-piyambak. Basa Indonesia ingkang wontên tanah Filipina dados basa Filipina, ingkang wontên tanah Jawi dados basa Jawi, Sundha lan Madura, makatên salajêngipun.

Kados punapa sipatipun basa Jawi ing sadèrèngipun kêdhatêngan tiyang Indhu, punika botên wontên tilasipun; awit kintên-kintên bangsa Jawi kala jaman samantên dèrèng gadhah aksara.

Wondene aksara Jawi ingkang dumugi sapriki taksih kangge, punika kala rumiyinipun aksara Indhu bêktanipun bangsa Indhu ingkang sami dhatêng wontên ing tanah Jawi, kintên-kintên kala wiwitanipun taun Masehi. Aksara Indhu wontên ing tanah Jawi punika ing sakawit, namung prêlu kangge nyêrati bêtahipun tiyang Indhu piyambak, kados ta sêrat-sêratan bab dagangan kaliyan bangsanipun piyambak, sapanunggilanipun. Wondene ingkang dipun angge punapa basa Sanskêrta punapa basa Indhu sanèsipun, punika botên têrang; ewasamantên wontên ancêr-ancêripun sakêdhik, inggih punika sêratan ing tanah Jawi ingkang pinanggih sêpuh piyambak, punika basanipun basa Sanskêrta.[6] Sarêng dangu-dangu tiyang Indhu wontên ing tanah Jawi rabi tiyang Jawi, lajêng anak-anak, tamtunipun anak-anakipun wau basanipun inggih basanipun biyungipun, utawi basanipun rencangipun dolan, inggih punika lare-lare Jawi dêlês. Danguning dangu, sarêng bangsa Indhu pranakan ing tanah Jawi sampun saya kathah, lajêng wontên golongan ingkang basanipun padintênan basa Jawi, nanging kêcampuran têmbung Sanskêrta saking bapak-bapakipun. Wondene sinyo-sinyo saha noni-noni Indhu wau sampun layak kemawon, bilih ing sasagêd-sagêd sami dipun ajar maos lan nyêrat aksara Indhu, dening bapakipun piyambak-piyambak; sarêng sampun kathah pranakan ingkang sagêd maos saha

Page 3: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

nyêrat aksara Indhu, lajêng wontên, ing sakawit namung kados cobèn-cobèn, sêratan Indhu kangge nyêrati basa Jawi. Panyobi punika sajakipun sagêd tumindak kalayan botên patos angèl. Sarêng sampun tumindak, mêsthinipun inggih wontên tiyang Jawi tulèn ingkang sumêdya sagêd maos tuwin nyêrat aksara Indhu wau, lajêng sinau, ing sakawit namung kangge kabêtahanipun tiyang satunggal kalih tumraping dêdagangan. Saya malih sarêng bangsa Indhu, kabêkta saking langkung pintêripun katimbang tiyang Jawi, sagêd nglêbêtakên kawruhipun dhatêng tiyang Jawi, pun Jawi punika lajêng rumaos bêtah, dados sumêdya nyinau kawruh Indhu. Wondene kawruh punika kala jaman samantên ingkang têmtu agêgandhengan kaliyan bab agami. Inggih awit saking makatên punika, milanipun tiyang Jawi lajêng kathah ingkang masuk agami Indhu. Sapisan katut ing kawruhipun, kaping kalih saking tumangkaripun pranakan Indhu, ingkang saya lami saya mèh botên wontên bedanipun kaliyan tiyang Jawi tulèn.

Bangsa Indhu ingkang dhatêng wontên ing tanah Jawi, punika ingkang rumiyin bangsa ingkang agami Siwah. Cêplosipun bangsa ingkang nganggêp Trimurti minangka Gusti Alahipun; inggih punika Bathara Brahma, Wisnu, Siwah. Dewa tiga punika ingkang dipun anggêp dados tunggul, Sang Hyang Siwah, ingkang sapunikanipun dipun wastani Bathara Guru.

Bangsa Indhu ingkang dhatêng kantun, punika bangsa ingkang agami Budha Mahayana.

Bangsa kelih[7] golongan wau anggènipun murih jêmbar saha lêbêt pamulangipun babagan agami dhatêng tiyang Jawi, utawi dhatêng pranakanipun, sami ambêkta sêrat bab agaminipun piyambak-piyambak. Mangka sêrat-sêrat wau kintên-kintên mawi basa Sanskêrta. Amila tiyang Jawi, sanadyan botên kathah, inggih wontên ingkang nyinau basa Sanskêrta. Sarêng tiyang ingkang sampun sagêd dhatêng kawruh Indhu rumaos kapêksa utawi sêdya mulang dhatêng bangsanipun ingkang botên sagêd dhatêng basa Sanskêrta, inggih lajêng ngangge basa Jawi, nanging sampun kêlajêng kêcampuran têmbung-têmbung Sanskêrta sawatawis kathah, kangge nêrangakên bab utawi barang ingkang dèrèng wontên jawinipun.

Saya malih sarèhne kala jaman samantên punika sajakipun, sintên-sintêna ingkang sumêdya dados guru, utawi kêpengin dipun wastani tiyang pintêr, kêdah sagêd basa Sanskêrta, dados lêbêtipun têmbung-têmbung Sanskêrta dhatêng basa Jawi saya kathah sangêt. Ewasamantên sarèhne dhapukanipun basa Jawi punika beda sangêt kaliyan basa Sanskêrta, dados sanadyan paribasanipun kêgrujug têmbung-têmbung Sanskêrta, basa Jawi botên ewah jumênêngipun taksih lêstantun kêgolong basa Indonesia. Dene basa Sanskêrta punika dhapukipun, yèn basa Eropa ing jaman samangke, ingkang mèmpêr basa Jêrman, sarta pancèn nunggil golongan kaliyan basa Eropa ingkang kathah-kathah; dipun wastani basa Indo-Germaans.

Sêrat-sêrat ingkang dipun bêkta dening tiyang Indhu agami Budha tamtunipun inggih ingkang babagan kabudhan; kados ta sêrat ingkang dipun wujudakên gambar lêlajuran ing candhi Barabudhur. Nanging sêrat-sêrat punika, kajawi satunggal kalih ingkang badhe kapratelakakên ing ngandhap, prasasat botên wontên kakantunanipun.

Sêrat-sêrat bêktanipun tiyang Indhu ingkang agami Siwah, punika tilasipun kenging dipun wastani kathah.

Page 4: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Kados ta sêrat MAHABHARATA, RAMAYANA, lan sanès-sanèsipun malih. Sêrat MAHABHARATA ingkang dipun cariyosakên damêlanipun Rêsi Wyasa, Jawinipun Abiyasa, punika wosipun nyariyosakên lêlampahanipun para Pandhawa saha para Korawa. Ing samangkênipun wontên ing tanah Jawi dados lampahan wayang purwa; nanging inggih kathah ewah saha wêwahipun.

Sêrat RAMAYANA punika kacariyosakên damêlanipun Bagawan Walmiki; mênggah ing panangguh, sêpuh sêrat RAMAYANA katimbang Sêrat MAHABHARATA, nanging sêrat RAMAYANA punika wontên ing tanah Indhu kagolong kitabipun bangsa ingkang agami Wisnu. Yèn MAHABHARATA kagolong kitabipun tiyang agami Siwah.

Mangsuli bab basa Jawi. Ingkang kula aturakên basa Jawi, punika basanipun tiyang Jawi kala jaman kina. Tiyang Jawi ing jaman samangke mastani: basa Kawi. Nanging para eleerden bangsa Walandi anggènipun mastani, basa Jawi kina.

Nalika basa Jawi kina wiwit kasêrat sapisan, punika sampun kêcampuran têmbung-têmbung Sanskêrta sawatawis kathah. Sêratan sela ingkang pinanggih sêpuh piyambak ngangge basa Jawi kêcampuran têmbung Sanskêrta, punika mawi angka taun 731 Çaka 809 taun Masehi;[8]

pinanggihipun wontên ing Diyèng; wiwit titimasa punika salajêngipun dumugi jaman samangke basa Jawi kenging dipun wastani têrus lajêng dipun sêrat mawi aksara Indhu. Têmtunipun sêratanipun saya lami saya ewah, wiwit wangun Indhu tulèn ngantos dumugi wangun ingkang kangge ing jaman samangke; dene ewahipun wau namung saking sakêdhik sangêt.

Papan ingkang tulèn saking jaman kina, ingkang pinanggih wontên sêratanipun Jawi, punika awujud tugu sela utawi balebekan têmbagi. Wontên ugi ingkang awujud balebekan mas utawi salaka. Mênggah ingkang tumrap sela utawi têmbagi, punika ingkang kathah-kathah ngêmot piyagêm paringipun satunggaling ratu dhatêng sawênèhing dhusun, kaparingan wêwênang ngadêg piyambak, têgêsipun kaparingan autonomie, kados ta wênang botên ambayar pajêg dhatêng nagari; wênang mêndhêt pajêg dhatêng tiyang ingkang dêdunung salêbêting dhusun ngriku saha nêdha beya dhatêng sawarnining pakaryan ing salêbêting wêwêngkonipun, utawi beya lêbêt-wêdaling dêdagangan. Bokmanawi dhusun ingkang makatên punika ing jaman samangke kenging dipun wastani dhusun mardikan.

Anggènipun dhusun dipun paringi wêwênang kados makatên punika ingkang kathah awit dhusun wau dipun paringi kêwajiban ngrêksa saha ngopèni candhi pêpundhènipun sang ratu, ngiras ngawontênakên pamulangan agami.

Yèn boten makatên inggih awit dhusun wau agêng sangêt jasanipun dhatêng sang prabu. Kados ta: nalika sang prabu pêrang, tiyang ing dhusun punika anggènipun ambantu sagêd anjalari mênang, dados autonomie ingkang kaparingakên wau nama mligi ganjaran.

Wontên malih sêratan sela utawi têmbagi ingkang ngêwrat karampunganing sambut-apisambut utawi sade-tinumbas siti, sasaminipun.

Dene ingkang balebekan mas, utawi salaka, punika isinipun ingkang kathah pêpujian utawi rajah-rajah, ingkang kêrêp, pinanggihipun wontên salêbêting cupu sela, wadhah awu mayitipun

Page 5: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

para luhur. Cupu sela punika ingkang kathah pinanggih wontên sangandhaping candhi. Dados gathukipun kaliyan ingkang kasêbut nginggil; dhusun ingkang kaparingan autonomie wau kawajiban ngrêksa candhi, têgêsipun ngrêksa pasareyaning lêluhuripun sang prabu.

Cara ingkang kados kasêbut ing nginggil punika sadaya tiyang Jawi kala jaman samantên namung lugu tiru-tiru caranipun tiyang Indhu. Awit campuring darah, rumasuking raos-rumaos sarta agami Indhu, tumrap bangsa Jawi ingkang perangan nginggil, kenging dipun wastani sampun kêkêt. Amila bangsa Jawi kala jaman samantên ing samangke dipun wastani bangsa Jawi Indhu.

Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 1. Sêrat-sêrat Jawi kina ingkang golongan sêpuh

Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 2. Sêrat Jawi kina ingkang mawi sêkar

Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 3. Sêrat-sêrat Jawi kina ingkang golongan ênèm

Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 4. Thukulipun basa Jawi têngahan

Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 5. Kidung basa Jawi têngahan

Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 6. Jaman Islam

Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 7. Jaman Surakarta awal

1. § J. L. A. BRANDES, BIJDRAGE TOT DE VERGELIJKENDE KLANKLEER DER WESTERSCHE AFDEELING VAN DE MALEISCH-POLYNESISCHE TAALFAMILIE. Utrecht 1884. (proefschrift). (kembali)

2. § Ingkang miwiti angudi punika sajatosipun DR. H. KERN saha VAN DER TUUK; Proefschrift ing nginggil, kaca 3. (kembali)

3. § KERN, VERSPREIDE GESCHRIFTEN, babak VI kaca 107 salajêngipun. (kembali)4. § KERN, VERSPREIDE GESCHRIFTEN, babak XVI kaca 108. (kembali)5. § GESCH. VAN NED. INDIË, 1938; De Prae-historie, kaca 89. (kembali)6. § KROM, HINDU-JAV. GESCH., kaca 5. (kembali)7. kalih (kembali)8. § KROM, HINDU-JAV. GESCH., kaca 5. (kembali)

I. SÊRAT-SÊRAT JAWI KINA INGKANG GOLONGAN SÊPUH

Sêratan ingkang tumrap sela, têmbagi utawi mas wau, sadaya têmtunipun namung ngêwrat prakawis ingkang cêkak-cêkak. Bab ingkang sawatawis panjang, kados ta cariyos utawi wulang-wulang saha pranatan, upami kasêrata wontên ing têmbagi, amêsthi lajêng kêkathahên balebekan, satêmah kathah wragadipun; tur awrat pambêktanipun mrika-mriki. Murih sagêd mirah saha gampil pambêktanipun, sêratan ingkang panjang-panjang wau dipun sêrat wontên ing ron tal, inggih punika godhong siwalan. Namung tamtunipun rontal punika botên sagêd tahan ngantos atusan taun. Nanging rèhne sêrat waosan punika adatipun katurun, lajêng katurun malih,

Page 6: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

satêrusipun dumugi anak putu buyut canggah, amila ing samangke inggih taksih wontên sêratan ingkang isinipun kintên-kintên kadamêl kala atusan taun kapêngkêr, inggih punika:

1. Sêrat Candakarana[1]

Sêrat punika tumrap ing rontal, isinipun piwulang têmbang kaliyan kadosdene woordenboek, ingkang kadhapuk cara Indhu. Mèmpêripun yèn sêrat Jawi jaman sapunika, sêrat DASANAMA[2] Anggènipun sagêd mastani yèn isinipun sêrat punika sêpuh, awit mawi nyêbut namaning ratu trah Çailendra. Mangka ratu trah Çailendra punika ingkang ayasa candhi Kalasan, kala kiwa-têngênipun taun 700 Çaka.[3] Sêrat waosan Jawi ingkang pinanggih sêpuh piyambak inggih punika:

2. Sêrat Ramayana

Sêrat punika basanipun Jawi kina, tur mawi sêkar. Para sarjana bangsa Walandi wontên ingkang ngudi, kados ta DR W.F. STUTTERHEIM (DIE RAMA-LEGENDEN) lan sanès-sanèsipun; salong ngrêmbag bab ênèm- sêpuhipun sêrat wau. Kados badhe kêpanjangên saupami kula pratelakna sadaya, satunggil-satunggiling pamanggih wau. Ing ngriki namung badhe kula aturakên bilih pinanggihing pamariksa, sêrat Ramayana punika kintên-kintên kadamêl kala salêbêting jumênêngipun Prabu Dyah Balitung, ratu binathara ingkang ngawasani tanah Jawi têngah saha wetan, akadhaton ing nagari Mataram, kirang langkung taun 820-832 Çaka. Pamariksa punika kajawi alêlandhêsan têtandhinganing basa ugi mawi landhêsan sarana katandhing kaliyan sêratan sela saha têmbagi, ingkang pinanggih wontên ing tanah Jawi.[4]

Mênggah cariyosipun sêrat Ramayana J.K. punika anggêlarakên lêlampahanipun Prabu Rama, kadosdene sêrat Ramayana basa Sanskêrta damêlanipun sang WALMIKI ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng. Ewasamantên wontên bedanipun. Ing Ramayana Sanskêrta Sang Sita sasampunipun kondur dhatêng Ayodya, lajêng pêpisahan kaliyan Sang Rama. Ing sêrat Ramayana J.K. Sang Sita lajêng têrus kêmpal malih kaliyan Sang Rama.

Kajawi punika Ramayana J.K. bilih katandhing kaliyan Ramayana Walmiki, kalêbêt cêkak sangêt, botên ngandhar-andhar. Sarta sampun kasumêrêpan bilih babonipun Ramayana J.K. punika pancèn sanès Ramayana Walmiki.

Wontên geleerde bangsa Indhu nama Himansu Bhusan Sarkar, andamêl buku nama: INDIAN INFLUENCE ON THE LITERATURE OF JAVA AND BALI, mawi mêthik sawatawis pada saking sêrat Ramayana Jawi kina. Pêthikan wau katitik dening sanèsipun geleerde nama MANOMOHAN CHOSH, bilih cocog kaliyan pada ing sêrat RAWANAWADHA (pêjahipun Dasamuka, dados inggih cariyos Rama ugi) damêlanipun bujangga agêng ing tanah Indhu kala jaman kina, nama sang BHATHTHIKAWYA. Malah Sang MANOMOHAN GHOSH [5]

nêtêpakên manawi ingkang damêl sêrat Ramayana Jawi Kina punika sagêd dhatêng basa Sanskêrta, dados pratelanipun para geleerden bangsa Walandi, ingkang nyariyosakên bilih ingkang andamêl sêrat Ramayana Jawi kina botên sagêd dhatêng basa Sanskêrta, punika pinanggih kêlintu.

Page 7: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Miturut sêrat SARIDIN,[6] ingkang andamêl sêrat Ramayana Jawi kina punika satunggaling bujangga nama Êmpu Pujwa, ing kala jamanipun Prabu Gêndrayana ing nagari Mamênang. Botên susah kula aturakên panjang-panjang, cariyos punika cêkakipun namung awag-awagan kemawon.

Bilih cariyos ing Bali, ingkang andamêl sêrat Ramayana wau nama Êmpu Yogiswara kala taun 1016 Çaka;[7] punika inggih botên lêrês. Kados ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng, sêrat Ramayana punika pandamêlipun wontên ing kiwa-têngênipun taun 825 Çaka. Dene wontênipun panganggêp bilih Êmpu Yogiswara ingkang andamêl, punika saking kirang pangrêtosipun. Inggih yêktos têmbung Yogiswara pinanggih wontên pungkasaning sêrat Ramayana, nanging punika dede nama. Mênggah ungêl-ungêlanipun makatên Sang Yogiswara çistha, sang sujana suddha manahira huwus mace sira. Têgêsipun: sang pandhita saya luwih pintêr, sang sujana dadi rêsik atine yèn wis maca layang Ramayana iki. Ing ngriki cêtha bilih Yogiswara dede nama. Dados ingkang andamêl sêrat punika sajatosipun botên kasumêrêpan.

Mênggah gancaring cariyosipun sêrat Ramayana punika, sae sangêt, kathah piwulangipun, sae-sae rêrêngganipun, tur basanipun brêgas. Sajêg kula gêsang dèrèng nate maos sêrat Jawi ingkang saenipun bab basa, rêrênggan lss. kados sêrat Ramayana.

Sêrat wau kala taun 1900 sampun dipun cithak mawi aksara Jawi dening PROF. H. KERN. Woordenboekipun ingkang dhapur tapsir inggih sampun wontên, kadamêl dening Dr. JUYNBOLL. Malah ing samangke prêtalanipun basa Walandi inggih sampun rampung,[8]

ingkang nêm bagiyan ngajêng damêlanipun PROF. KERN, salajêngipun damêlanipun DR. JUYNBOLL. Nanging kawuningana, prêtalan wau dèrèng marêmakên manah, awit taksih kathah ingkang prêtalan punapa wontênipun têmbung; raosipun kêrêp botên kêcêpêng.

Anggèn kula matur makatên punika botên pisan-pisan badhe nyuda dhatêng jasanipun geleerden kêkalih punika ing bab panyinaunipun basa Jawi kina. Namung saking rumaos eman, dene sêrat ingkang kados makatên saenipun dèrèng wontên prêtalanipun ingkang miraos. Atur kula punika ngiras nênangi panggalihipun para sêdhèrèk Jawi, ngaturi priksa bilih ing bab sêrat-sêrat Jawi taksih kathah sangêt ingkang kêdah dipun garap; dening sintên? inggih dening tiyang Jawi piyambak. Awit yèn botên tiyang Jawi piyambak inggih kados pundi-pundia, cêkakipun mêsthi botên sagêd dumugi ing raos. Mangka ningali kawontênanipun ing jaman samangke, para sadhèrèk Jawi, kenging dipun wastani babar pisan botên uninga yèn kagungan têtilaran saking lêluhuripun, barang ingkang sakalangkung adi luhung, cêkap kangge sanguning gêsang kêbatinan. Bilih kula aturna sadaya bab sêrat Ramayana, kados botên badhe wontên sampunipun.

Sadèrèngipun kula ngaturakên sêrat sanès-sanèsipun, kula badhe nêrangakên, bilih pangrêmbag kula punika botên mawi grup-grupan. Namung badhe kula urutakên sêpuh kemawon. Ingkang cêtha mawi angka taun, sampun gênah. Dene ingkang botên mawi, inggih namung dipun titik saking ciri-ciri ingkang adatipun kangge nitik ênèm-sêpuhipun sêrat. Kados ta namaning ratu ingkang kasêbut wontên ing salah satunggaling sêrat, utawi sanès-sanèsipun.

Sasampunipun Sêrat Ramayana, sêrat Jawi kina ingkang kenging dipun wastani sêpuh, punika sêrat.

Page 8: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

3. Sang Hyang Kamahayanikan

Sêrat punika botên mawi sêkar; basanipun gancaran kemawon. Ing wingking salêbêtipun sêrat wau nyêbut namanipun ratu Jawi, Êmpu Sindhok; inggih punika ingkang jumênêng wontên ing Jawi Wetan, wiwit taun 851 dumugi 869 Çaka (929 dumugi 947 taun Masehi). Mênggah isinipun, wosipun wulangan bab agami Buddha Mahayana. Kathah ukaranipun basa Sanskêrta ingkang dipun têrangakên ing basa Jawi kina. Ingkang kathah mratelakakên rêracikaning dewa-dewa ing agami Mahayana; kêrêp sangêt cocog kaliyan tatananing rêca-rêca Buddha ing candhi Barabudhur. Kajawi punika ugi isi tuntunanipun tiyang samadi, sapanunggilanipun. Sêrat wau sampun kacithak mawi aksara latin saha dipun sukani prêtalan ing basa Walandi, lan katrangan sapêrlunipun dening J. KATS.[9]

4. Brahmandhapurana

Sêrat punika ugi basa gancar, sarta botên mawi angka taun saha botên nyêbut namaning ratu; nanging mirid dhapukanipun saha lêlewaning basa, kenging dipun wastani barakan kaliyan sêrat Sang Hyang Kamahayanikan. Namung bedanipun sêrat Sang Hyang Kamahayanikan punika kitabipun tiyang agami Buddha-Mahayana, sêrat Brahmandhapurana punika kitabipun tiyang agami Siwah.

Mênggah isinipun, warni-warni sangêt, kados ta: Inleiding, cariyosipun Sang Romaharsana, kawruh dumadosing donya, kawontênaning alam, sajarahipun para rêsi; Sang Daksa andamêl wilujêngan, katrangan sawatawis bab pêpêranganing bangsa (Brahmana, Satriya, Wesya, Sudra), bab asrama (Brahmacari, Grêhasta, Wanaprastha, Bhiksuka); bab juga (Pêpêranganing jaman) bab weda-weda saha gotèkipun; cariyosipun Sang Yadnyawalkya, para Manu ingkang tumêdhak dhatêng donya, cariyosipun Sang Wena, Sang Pratu saha cariyos jagat dipun pêrês dipun dalakên prêsanipun. Kawruh bumi, kawruh donya, tumêdhakipun Dèwi Gangga (lèpèn Gangès), lampahing srêngenge saha bab lintang-lintang.

Ingkang kasêbut ing nginggil punika kados botên kirang warni-warni. Emanipun dene ungêl-ungêlanipun sampun kathah ingkang risak. Sêrat punika sampun kacithak mawi aksara latin saha dipun prêtal dening PROF. GONDA, mawi katrangan lan tapsir.[10]

5. Agastyaparwa

Sêrat punika basanipun ugi gancar; dhapukanipun mèmpêr sêrat Brahmandhapurana, ugi kathah ukaranipun Sanskêrta ingkang dipun têrangakên ing basa Jawi kina. Isinipun: Sang Drêdhasyu matur takèn dhatêng ramanipun, Bagawan Agastya, bab warni-warni: ingkang kathah ugi mèmpêr ingkang dipun gêlarakên wontên ing sêrat Brahmandhapurana. Kados ta: punapa sababipun dene tiyang minggah suwarga utawi kêcêmplung ing naraka. Bab warni-warnining awon lan kawusananipun. Kêkathahên, upami kapratelakna sadaya.

Sêrat punika sampun kacithak mawi aksara latin mawi tapsir (glosarium),[11] saha prêtalan[12]

tuwin pangrêmbag[13] sakalangkung moncèr, dening PROF. DR. J. GONDA.

Page 9: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Salêbêting jumênêngipun Sang Prabu Dharmawangsa-têguh, ratu ing tanah Jawi wetan wiwit taun 913 dumugi 929 Çaka (991 dumugi 1007 taun Masehi), punika bab kapustakan Jawi mêmpêng sangêt. Sêrat Mahabharata ingkang sampung[14] kapratelakakên ing ngajêng, dipun jawèkakên; makatên ugi sêrat Utarakandha. Nanging sadaya wau mawi kacêkak. Atur kula bab sêrat punika kula wiwiti saking sêrat:

6. Uttarakandha

Sêrat punika basanipun inggih gancar, sarta kathah ukaranipun Sanskêrta, katêrangakên ing basa Jawi kina. Ing purwakanipun mawi nyêbut namanipun Prabu Dharmawangsa-têguh. Mênggah isinipun: pêthikan saking cariyos Ramayana-Walmiki bageyan ingkang pungkasan. Bageyan pungkasan punika botên kalêbêt ing sêrat Ramayana basa Jawi kina ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng. Mirid panangguhipun para sagêd, sêrat Uttarakandha punika pancèn wêwahan enggal. Dene paprincèning cariyos, kathah sangêt. Kados ta: dumadosipun para danawa, lêluhuripun Sang Dasamuka; lairipun Dasamuka lan anggènipun clunthangan dhatêng para dewa tuwin para pandhita. Cariyosipun Arjunasasrabau ugi kalêbêt. Namung wosipun nyariyosakên lêlampahanipun Dèwi Sinta. Sasampunipun kondur wontên ing Ngayodya, para kawula sami kirang sênêng manahipun; loking tiyang "Dèwi Sinta iku, wong wis sêmono lawase mèlu mungsuh, kok ditampani manèh". Prabu Rama mituruti kajêngipun rakyat, Dèwi Sinta dipun pêgat lajêng katundhung. Mangka sawêg wawrat. Sarêng Sang Sinta kawêlasasih dumunung wontên ing patapan, lajêng kagungan putra kakung kêmbar, kaparingan nama Sang Kusa saha Sang Lawa. Inggih radèn kalih punika ingkang dipun cariyosakên kawulang dening Sang Walmiki anggancarakên lêlampahanipun ingkang rama, Prabu Rama, dados cariyos Ramayana punika. Sarêng Sang Sinta badhe dipun timbali wangsul dhatêng kadhaton, siti bêngkah, Dèwi Sinta lumêbêt, kêtangkêp ing siti, seda. Prabu Rama ugi lajêng seda ngênês. Sêrat punika dèrèng dipun cithak.

7. Adiparwa

Sêrat punika dhapukanipun sami kaliyan sêrat Uttarakandha; ugi nyêbut namanipun prabu Dharmawangsa-têguh. Wontênipun ing cariyos Mahabharata dados perangan ingkang angka satunggal. Dene pêprincèning cariyosipun, kathah sangêt. Wosipun ingkang dados lampahan wayang ênèm-ênèman, lair-lairan sapanunggilanipun. Lampahan Dèwi Lara Amis, Bale si Galagala, pêjahipun Arimba, Pêksi Jiwata lan sanès-sanèsipun, punika pêndhêtan saking sêrat Adiparwa.

Cariyos ngêbur sagantên prêsan, anjalari mêdalipun toya panggêsangan, saha wiwitipun wontên grahana srêngenge, rêmbulan dipun têdha ing danawa sirah thok, ugi kasêbut wontên ing ngriku.

Sêrat punika sampun kacithak mawi aksara latin.[15] Katandhing kaliyan Mahabharata Sanskêrta dening PROF. DR HAZEU[16] karêmbag dening PROF. DR. H. KERN, mawi pêthikan sawatawis.[17] Cariyosipun sang garudha, dipun prêtal ing basa Walandi dening DR. JUYNBOLL.[18]

8. Sabhaparwa

Page 10: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Ugi basa gancar; wontên ing cariyos Mahabharata dados bageyan ingkang angka kalih. Nanging ungêl-ungêlanipun sampun risak sangêt, kenging kawastanan sampun botên kenging dipun garap. Dene isinipun cariyos ingkang dados lampahan Pandhawa Dhadhu.

9. Wirathaparwa

Ugi basa gancar; wontên ing cariyos Mahabharata dados bageyan angka 4. Mênggah isinipun: para Pandhawa andhêlik ngèngèr dhatêng ratu Wiratha; manawi ngantos kasumêrêpan, badhe kenging ukum bucal malih 12 taun.

Salêbêtipun wontên ing Wiratha Sang Yudhisthira dados brahmana nama sang Dwija Kangka, Sang Wrêkodara dados tukang masak saha tukang gêlut nama Sang Ballawa, Sang Arjuna dados tiyang wandu nama Sang Wrêhannala, damêlanipun ngajar jogèd saha têmbang, Sang Nakula dados gamêl, Sang Sahadewa dados tukang angèn lêmbu. Dene Sang Dropadi dados tukang damêl lisah wangi saha borèh, nama Sang Sairindri.

Prakawis ingkang agêng wontên ing Wiratha, punika pêjahipun Patih Kicaka lan dhaupipun Sang Abimanyu angsal Sang Utari. Yèn wontên ing wayang dados lampahan Jagal Abilawa.

Sêrat Wirathaparwa punika kajawi nyêbut namanipun Prabu Dharmawangsa-têguh, mawi angka taun 918 Çaka (996 taun Masehi). Ing samangke sêrat wau sampun kacithak mawi aksara latin dening DR JUYNBOLL. Malah enggal mangke ingkang sapalih ngajêng dipun cithak malih, mawi prêtalan ing basa Walandi dening DR A. A. FOKKER (Proefschrift).

10. Udyogaparwa

Ugi basa gancar; wontên ing cariyos Mahabharata dados bageyan ingkang angka 5, sampun mèh pêrang Bratayuda. Ungêl-ungêlanipun ugi sampun kathah ingkang risak. Amila namung sabageyan alit ingkang dipun cithakakên dening DR JUYNBOLL mawi aksara latin saha prêtalan ing basa Walandi. Mênggah isinipun warni-warni, nanging botên wontên ingkang tumurun dados lampahan wayang, kajawi lampahan Krêsna Gugah.[19]

11. Bhismaparwa

Ugi basa gancar; wontên ing cariyos Mahabharata dados perangan ingkang angka 6, sampun wiwit prang Bratayuda. Ing ngriki wontên sawêtawis pêthikan saking sêrat BHAGAWADGITA.

Sêrat Bhismaparwa punika sampun kacithakakên mawi prêtalan ing basa Walandi dening PROF. DR J. GONDA.[20]

12. Asramawasanaparwa

Ugi basa gancar; wontên ing cariyos Bahabharata dados perangan angka 15. Mênggah gancaring cariyos, sabibaripun prang Bratayuda, Sang Dhrêtarasthra dipun jumênêngakên ratu wontên ing Ngastina, laminipun 15 taun. Ingkang makatên punika kangge nulung dene putra-putra saha kulawarganipun sami pêjah sadaya. Para Pandhawa sami suyud, bêkti, nyungga-nyungga,

Page 11: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

sampun ngantos Sang Dhrêtarasthra kèngêtan putra-putranipun. Namung Sang Bima ingkang tansah grêgêtên, anjontong dhatêng Sang Dhrêtarasthra, sabab kangêtan[21] pandamêlipun Sang Duryudana, tansah andamêl susah, tansah suka lara-wirang. Amila yèn botên wontên tiyang, Sang Dhrêtarasthra lajêng dipun uman-uman, dipun picak-picakakên, dipun lèh-lèhakên dene sênêng dipun sungga-sungga dening tiyang ingkang sampun nate dipun sakitakên manahipun. Sarêng Sang Dhrêtarasthra rumaos risi, lajêng pamitan dhatêng Prabu Yudhisthira badhe kesah dêdunung wontên ing wana. Cêkakipun lajêng mangkat, kadhèrèkakên para sêpuh; Arya Widura, Dèwi Gandari, saha Dèwi Kunthi. Ing salêbêtipun wontên ing patapan nate dipun tuwèni dening para Pandhawa, nanging botên lami lajêng seda. Makatên ugi ingkang sami andhèrèkakên.

13. Mosalaparwa

Ugi basa gancar; wontên ing cariyos Mahabharata dados bageyan angka 16. Mênggah wosing cariyos, anggancarakên curêsipun para Wrêsni saha Yadu, santana ing Madura-Dwarawati; ugi nyariyosakên sedanipun Prabu Baladewa saha Prabu Krêsna.

Ing satunggaling wêkdal, Sang Narada saha para rêsi sawatawis malih rawuh tuwi dhatêng Dwarawati. Ing nalika punika Sang Samba dipun dandosi cara èstri, dipun awadakên garwanipun Sang Babhru (jawinipun Arya Prabu) lajêng dipun takèkakên dhatêng sang pandhita, benjing yèn kagungan putra, mêdal punapa (kajêngipun jalêr punapa èstri). Sang pandhita uninga yèn dipun damêl mainan, duka, lajêng ngandika: besuk mêtu gada kang matèni kowe kabèh, (mosala = gada). Yêktos, Sang Samba ngêdalakên gada tosan; gada lajêng dipun bubuk, bubukanipun kacêmplungakên ing sagantên. Sang Baladewa saha sang Krêsna lajêng ngawisi tiyang ngombe arak.

Bathara Kala têdhak dhatêng Dwarawati; ngalamat karisakan. Kangge nulak, para Wrêsni kadhawuhan wilujêngan dhatêng pinggir sagantên. Salêbêtipun wilujêngan para Wrêsni ngunjuk arak sami mêndêm, lajêng kêrêngan, rame. Sang Satyaki olok-olokan kaliyan sang Krêtawarma, anggènipun ngucira wontên ing prang Bratayuda. Krêtawarma dipun pêjahi. Cêkakipun saya rame; sabên tiyang mêndhêt glagah badhe kangge nyabêt mêngsahipun, glagah dados gada tosan; makatên salajêngipun, para Wrêsni curês.

Sang Baladewa sawêg tapa dipun tuwèni Sang Krêsna, kapinujon Sang Baladewa sawêg sêkarat. Sarêng lapipun seda, wontên naga mêdal sakung tutukipun Sang Baladewa; naga mlajêng dhatêng sagantên kapapag ing naga sanès-sanèsipun. Bathara Krêsna lajêng tapa sareyan wontên panging wit-witan, kenging panahipun juru ambêbêdhag, seda. Para ingkang kantun wontên ing Dwarawati lajêng sami seda utawi tapa dhatêng wana.

14. Prasthanikaparwa

Ugi basa gancar; wontên ing cariyos Mahabharata dados perangan angka 17. Ingkang dipun cariyosakên: Sasampunipun para Pandhawa anjumênêngakên ratu Sang Parikêsit wontên ing Ngastina, dipun mong dening Bagawan Krêpa, para Pandhawa lajêng tindak tapa nilar kaprabon. Wontên sêgawon satunggal andhèrèk. Sang Parikêsit saha bala ugi andhèrèkakên, nanging lajêng wangsul dhatêng kadhaton.

Page 12: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Para Pandhawa nglajêngakên lampah dumugi sagantên. Sang Hyang Agni rawuh, dhawuh dhatêng Sang Arjuna supados jêmparingipun kacêmplungna ing sagantên. Ing sasampunipun, ngajêngakên lampah malih urut pasisir, lajêng minggah dhatêng rêdi Himalaya, mêdal sagantên wêdhi. Sang Dropadi wontên ing ngriku rêbah, seda; lajêng Sang Sahadewa, Nakula, Arjuna, wasana Sang Wrêkodara inggih rêbah, seda.

Bathara Indra mêthukakên Sang Yudhisthira ngaturi lumêbêt swarga. Sang Yudhisthira karsa bilih sagawon kaparêngakên tumut. Wasana sagawon badhar dados Bathara Darma. Yudhisthira lajêng lumêbêt ing swarga sabadanipun wadhag. Nanging sarêng wontên ing ngriku botên pinanggih ingkang rayi-rayi saha Dèwi Dropadi, Sang Yudhisthira sumêdya madosi, badhe kêmpal kaliyan sadhèrèk, wontên ing naraka.

Sêrat têtiga ing nginggil cakêt punika kacithak mawi aksara Latin saha dipun prêtal ing basa Walandi (proefschrift) dening DR JUYNBOLL. Nanging emanipun dene ungêl-ungêlanipun babon sampun kathah ingkang risak.

15. Swargarohanaparwa

Inggih basa gancar; wontên ing cariyos Mahabharata dados perangan angka 18 (pungkasan). Ingkang dipun cariyosakên: Prabu Yudhisthira uninga Sang Duryodana wontên ing swarga kasungga-sungga. Sang Yudhisthira badhe uninga dunungipun ingkang rayi-rayi, lajêng tindak dhatêng naraka, kadhèrèkakên utusan, saking dhawuhing dewa. Wontên ing naraka uninga sawarnining paukuman lan mirêng sambatipun tiyang ingkang sami dipun siksa. Wasana ingkang sami kasiksa saha sambat-sambat wau rayi-rayi saha kulawarganipun. Sang Yudhisthira duka dene para dewa botên adil. Ingkang andhèrèkakên kadhawuhan wangsul, Sang Yudhisthira botên karsa kesah saking naraka. Para dewa sami rawuh, naraka lajêng malih dados swarga. Anggènipun para Pandhawa wontên naraka punika kaukum dene cidra dhatêng gurunipun Sang Drona tuwin sanès-sanèsipun; nanging samangke sampun luwar. Sêrat punika sasumêrêp kula, dèrèng kacithakakên.

Taksih wontên malih sêrat ingkang kêdah kapratelakakên wontên ing ngriki, inggih punika sêrat

16. Kunjarakarna

Ugi basa gancar. Nitik basanipun, taksih barakanipun sêrat-sêrat parwa ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng; wontên praboting pangrimbag enggal, kados ta panambang -e, punika saking ingkang nurun, turun-tumurun. Yèn bakuning basa, pancèn kina.

Sêrat punika gadhahanipun tiyang agami Budhda Mahayana, dados kados sêrat Sang Hyang Kamahayanikan, ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil. Mênggah cariyosipun: Wontên yaksa nama Kunjarakarna, kêpengin ruwat dados manungsa, sowan dhatêng Bathara Wairocana, pangajênging Dhyani-Bhudha gangsal; Sang Kunjarakarna kadhawuhan dhatêng naraka rumiyin, supados nyumêrêpi kawontênaning naraka. Dumugi dalêmipun Bathara Yamadipati, dipun têdahakên sawarnining paukuman saha nyawa ingkang dipun siksa. Sarêng sumêrêp kawah sawêg dipun rêsiki, badhe kangge ngukum Sang Purnawijaya, putranipun Bathara Indra, ingkang agêng sangêt dosanipun, Sang Kunjarakarna mêdal saking naraka, murugi mitranipun, Sang

Page 13: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Purnawijaya, cariyos yèn sampun dipun sêdhiyani kawah. Sang Kunjarakarna lajêng têrus sowan Sang Wairocana, dipun paringi piwulang sagêd ruwat dados tiyang bagus warninipun. Sang Purnawijaya inggih tumut sowan, ugi dipun paringi piwulang. Sarêng pêjah, anggènipun dipun siksa pancènipun atusan taun, dados namung sadasa dintên; tur nyawanipun wangsul malih dhatêng raganipun ingkang taksih dipun têngga ing garwanipun, nama Kusuma Gandawati.

Sêrat punika sampun dipun cithak kaping kalih; ingkang sapisan mawi aksara Jawi, [22] ingkang kaping kalih mawi aksara Latin, sadaya mawi prêtalan ing basa Walandi dening PROF. DR KERN.[23]

Sanadyan ungêl-ungêlanipun sampun kathah ingkang risak, nanging sêrat punika manawi dipun jingglêng, taksih kenging dipun dandosi basanipun.

1. Candhakarana (dan di tempat lain)2. § KERN, VERSPREIDE GESCHRIFTEN, IX, kaca 2733. § KROM, HINDU-JAV., GESCHIEDENIS, kaca 135. 4. § GEDENKSCHRIET 75-JARIG BESTAAN VAN HET KON. INST. VOOR DE

TAAL-, LAND-EN VOLKENKUNDE VAN NED. IND., 1926. 5. CHOSH 6. § Cap-capan kaping 5, kaca 346 lan 363. 7. § TIJDSCHRIFT BAT. GEN., babak LVII 1916, kaca 510. 8. § Wontên ing KERN, VERSPREIDE GESCHRIFTEN, babak X kaca 77 saha ing

BIJDRAGEN KON. INST. pintên-pintên nomêr. 9. § Kawêdalakên dening KON. INST. V. D. TAAL-EN VOLKK. V. NED. IND.

pangêcapan Martinus Nijhoff, 's-Gravenhage 1910. 10. § BIBLIOTHECA JAVANICA, babak V. 11. § BIJDRAGE TAAL-, LAND EN VOLKENKUNDE, babak XC 1933, kaca 329. 12. § BIJDRAGE TAAL-, LAND- EN VOLKENKUNDE, babak XCIV 1936, kaca 223. 13. § BIJDRAGE TAAL-, LAND- EN VOLKENKUNDE, babak XCII 1935, kaca 337. 14. sampun 15. § Martinus Nijhoff, Den Haag 1906. 16. § TIJDSCHR. BAT. GEN., babak XLIV 1901, kaca 289. 17. § VERSPR. GESCHR. babak IX, kaca 215. 18. § GEDENKSCHRIFT 75 JAAR KON. INST. TAAL-, LAND- EN VOLKENKUNDE,

kaca 156. 19. § BIJDR. KON. INST., 1914, babak LXIX, kaca 219. 20. § BIBLIOTHECA JAVANICA, babak VII, 1936. 21. kèngêtan 22. § VERH. KON. AK. VAN WETENSCHAPPEN, AFD. LETTERK. NW. REEKS, babak

III. 23. § VERSPR. GESCHR., babak X, kaca 1, saklajêngipun. 

Page 14: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

II. SÊRAT JAWI KINA INGKANG MAWI SÊKAR

Sêrat-sêrat ingkang sampun kula aturakên ing nginggil, punika kajawi sêrat Ramayana saha sabageyaning sêrat Candakarana ingkang ngêmot piwulang sêkar, sadaya sami basa gancar, têgêsipun botên mawi sêkar. Ingkang kula aturakên sêkar ing ngriki punika ing jaman samangke dipun wastani sêkar agêng. Sêkar agêng ingkang kangge wontên ing sêrat-sêrat kina punika taksih miturut wêwaton cara Indhu. Dununging guru lagu têtêp botên kenging ewah sakêdhik-kêdhika. Nanging upami bab sêkar agêng punika kula aturna wontên ing ngriki, badhe kêkathahên papan, tur mêdhotakên uruting rêmbag. Amila samangke nglajêngakên ngrêmbag sêrat-sêrat kemawon rumiyin. Dene sêrat ingkang badhe kula aturakên ing ngandhap punika, dipun wastani kakawin, têgêsipun: mawi sêkar.

17. Arjunawiwaha, mawi sêkar

Sêrat punika anggancarakên nalika Sang Arjuna tapa, lajêng dipun pinta saraya dening para dewa, mêjahi ratu danawa, nama Niwatakawaca. Punika pêthikan saking cariyos Mahabharata bageyan angka 3 nama Wanaparwa. Sarèhne aluraning cariyos kenging dipun wastani misuwur sangêt, amila ing ngriki botên dipun panjangakên.

Sêrat Arjunawiwaha punika ingkang andamêl Êmpu KANWA, nalika salêbêting jumênêngipun Prabu Airlanggha, ratu ing tanah Jawi wetan wiwit kiwa têngênipun taun 941 dumugi 964 Çaka (1019 dumugi 1042 taun Masehi).

Êmpu Kanwa punika dipun alêm dening PROF. DR. KROM, baud; kêkidunganipun sae, basanipun inggih sae. Pancèn inggih yêktos makatên; nanging sêrat Arjunawiwaha punika manawi kapandhing kaliyan sêrat Ramayana ingkang sampun kula aturakên ing ngajêng, sabarang-barangipun botên dhawah sapalih. Dene anggènipun sêrat Ramayana dèrèng dipun alêm ing tiyang, punika awit dèrèng wontên ingkang sumêrêp têrang dhatêng saening isi saha kêkidunganipun.

Nalika taun 1850 sêrat Arjunawiwaha sampun kacithakakên mawi aksara Jawi dening DR. FRIEDERICH. [1] Kala taun 1926 sampun kacithakakên malih mawi aksara latin; sabageyan agêng ingkang botên pêtêng suraosipun, dipun prêtal ing basa Walandi. [2]

18. Krêsnayana, mawi sêkar

Sêrat punika ingkang dipun cariyosakên wosipun lêlampahanipun Prabu Krêsna nalika ambradhat Dèwi Rukmini. Mênggah gancaring cariyos makatên.

Dèwi Rukmini, putranipun Prabu Bismaka ing nagari Kundina, sampun kapacangakên kaliyan Sang Suniti, ratu ing nagari Cèdi; nanging ingkang ibu, Dèwi Prêtukirti kêpenging [3] kagungan mantu Prabu Krêsna. Malah Sang Rukmini ingkang dipun pilih pancèn inggih Prabu Krêsna. Wasana sarêng sampun mèh têmpuking damêl, Sang Suniti kaliyan Sang Jarasanda, sami dhatêng wontên ing Kundina. Prabu Krêsna botên dipun ulêmi, nanging dipun aturi enggal-enggal rawuh dening Sang Prêtukirti saha pangantèn putri. Sarêng sawêg rame-ramenipun

Page 15: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

midadarèni, pangantèn putri dhêdhêmitan mêdal saking nglêbêt kadhaton, dhatêng kontên srimanganti kidul, dipun papagakên Sang Krêsna, lajêng kabêkta mlajêng.

Pangantèn kakung saha bala tuwin Radèn Rukma, ingkang rayi pangantèn putri, sami nututi, prang. Radèn Rukma kirang sakêdhik kemawon katut pêjah kaliyan Sang Suniti. Dèwi Rukmini nyuwun gêsangipun ingkang rayi dhatêng Prabu Krêsna. Sang putri lajêng têrus kabêkta kondur dhatêng nagari Dwarawati.

Cariyos ing nginggil punika yèn wontên ing wayang, dados lampahan Krêsna Kêmbang utawi Nayarana Maling; nanging inggih sampun kathah ewahipun. Kados ta: pangantènipun jalêr yèn wontên ing lampahan wayang, pandhita Durna, kapangku Prabu Duryodana. Sang Jarasanda kaliyan Sang Suniti wontên ing wayang sirna tanpa lari.

Sêrat Krêsnayana punika kadamêl kala salêbêting jumênêngipun Prabu Warsajaya, ratu ing Kadhiri kala kiwa têngênipun taun 1026 Çaka (1104 taun Masehi). Ingkang andamêl nama Êmpu TRIGUNA. [4]

19. Sumanasantaka, mawi sêkar

Sêrat punika ingkang dipun cariyosakên wosipun lairipun Prabu Dasarata ing Ngayodya. Gancaripun makatên:

Bagawan Trênawindu tapa; para dewa sami sumêlang bilih mangke ngêndhih kaendran. Widadari nama Dèwi Harini dipun utus Bathara Indra, supados anggodha. Sang Harini dipun sapatani dening Sang Trênawindu tumurun dhatêng marcapada, dados manungsa, lajêng dados putri ing nagari Widarbha, nama Dèwi Indumati, [5] putranipun Prabu Karthakesika.

Sasedanipun Prabu Karthakesika dipun gêntosi ingkang putra kakung, nama Prabu Boja. Sang prabu lajêng andamêl sayêmbaranipun ingkang rayi Dèwi Indumati.

Putranipun Prabu Ragu, nama Sang Aja, badhe ngêdêgi sayêmbara, tindak dhatêng nagari Widarbha. Wontên ing margi Sang Aja mêjahi liman, ingkang badhar dados widadari nama Sang Priyambada, lajêng ngaturakên tandha panrimah awarni panah, nama Wimohanastra.

Kajawi Sang Aja para ratu ingkang badhe ngêdêgi sayêmbara sampun sami dhatêng ing Widarbha; inggih punika ratu Magada, ratu Angga, ratu ing Anwanti saha ratu ing Anupa. Sasampunipun Sang Aja mênang sayêmbara, kapilih dados garwanipun Sang Indumati, lajêng kondur kaliyan garwa. Wontên ing margi Sang Aja dipun begal dening para ratu ingkang sami katampik, lajêng prang; nanging Sang Aja sagêd mênang, awit ngagêm jêmparingipun, Wimohanastra.

Sasedanipun Prabu Ragu, Sang Aja anggêntosi jumênêng nata; botên dangu kagungan putra kakung, kaparingan nama Sang Dasarata. Sarèhne sampun dumugi watêsipun, Sang Indumati inggih kêdah wangsul dhatêng swarga malih. Bagawan Narada andhawahakên sêkar dhatêng Sang Indumati, sang dèwi seda (sumanasa = kêmbang; antaka = pêjah; dados têgêsipun; mati dening kêmbang). Ing sasampunipun Sang Prabu Aja anjumênêngakên nata ingkang putra Sang

Page 16: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Dasarata Sang Aja lajêng tindak dhatêng têmpuraning lèpèn Sarayu saha lèpèn Gangga; wontên ing ngriku sang prabu lajêng seda. Dumugi ing swarga kêmpal malih kaliyan ingkang garwa, Sang Indumati = sang widadari Harini.

Sêrat Sumanasantaka ing samangke dèrèng kacithak; punika ugi kadamêl nalika salêbêting jumênêngipun Prabu Warsajaya, nanging bujangganipun ingkang andamêl nama Êmpu Manoguna; bokmanawi taksih akrab kaliyan Êmpu Triguna, ingkang andamêl sêrat Krêsnayana kasêbut ing nginggil. Wondene sêrat Sumanasantaka punika babonipun sêrat basa Sanskêrta nama RAGHUVAMÇA, damêlanipun bujangga agêng ing tanah Indhu kala ing jaman kina, nama Sang KALIDASA.

20. Smaradahana, mawi sekar

Sêrat punika nyariyosakên Bathara Kamajaya kobong. Mênggah gancaripun makatên:

Bathara Siwah sawêg tapa. Ing kaendran badhe kêdhatêngan mêngsah danawa, ratunipun nama Prabu Nilarudraka. Murih Bathara Siwah kondur dhatêng swarga, Bathara Kamajaya kapinta saraya dening para dewa supados anggodha sang Hyang Siwah. Sang Kamajaya murugi dhatêng panggènanipun bathara Siwah; Sang Hyang Siwah dipun jêmparing sêkar kaping-kaping, nanging botên migunani. Wasana Sang Hyang Siwah lajêng dipun jêmparing pancawisaya, inggih punika (kangên dhatêng) pamirêng sakeca, raos eca, raos grayang sakeca, ambêt-ambêtan eca, saha paningal ingkang sae. Bathara Siwah kataman jêmparing punika lajêng kraos kangên dhatêng ingkang garwa Dèwi Uma. Sarêng uninga bilih ingkang andamêl punika Sang Hyang Kamajaya, Bathara Siwah duka; Sang Kamajaya dipun pandêng ing tingal ingkang angka tiga, dumunung ing têngahing palaraban (bathuk), tingal mêdal latu angarab-arab, Bathara Kamajaya kabêsmi, seda. Sang Hyang Siwah lajêng kondur dhatêng swarga.

Bathari Ratih mirêng bilih ingkang raka seda kobong, nusul dhatêng dunungipun ingkang raka; saking karsanipun Sang Hyang Siwah latu mubal malih, urubipun kados astanipun Bathara Kamajaya, ngawe-awe badhe ngrangkul ingkang garwa. Bathari Ratih dumugi ing papan ngriku lajêng bela, anggêbyur ing latu, seda.

Para dewa nyuwunakên pangapuntên Sang Hyang Kamajaya sagarwa dhatêng Bathara Siwah, sagêda gêsang malih, nanging Bathara Siwah botên marêngakên. Karsanipun Sang Hyang Siwah: Sang Kamajaya dumununga wontên ing manahipun tiyang jalêr, Dèwi Ratih wontên ing manahipun tiyang èstri, supados donya botên curês.

Sakonduripun Bathara Siwah wontên ing swarga, kapanggih Dèwi Uma lajêng kangên-kangênan. Wasana Dèwi Uma ambobot. Nalika sawêg ambobot nèm, para dewa sowan api-api tuwi konduripun Bathara Siwah, nanging ambêkta gajahipun Bathara Indra. Bathara Siwah sawêg lênggah kaliyan Dèwi Uma; sang dèwi uninga gajah agêng sangêt, kagèt anjêrit ajrih. Bathara Siwah ngrêrêpa ingkang garwa, sarwi ngandika bilih sampun karsaning pêpasthèn, yèn putranipun Dèwi Uma mêdal kakung, nanging asirah gajah, inggih punika Bathara Ganesa. Sarêng jabang bayi lair, ratu danawa, Prabu Nilarudraka saèstu nglurug dhatêng swarga. Lare dipun bên pêrang, saya rame saya agêng; wasana ratu danawa sabalanipun pêjah sadaya, para dewa lajêng pista.

Page 17: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Sêrat Smaradahana punika nyêbut namanipun Prabu Kamèswara ratu ing Kadhiri, titisipun Bathara Kamajaya, ingkang kaping tiga, saha kagungan garwa nama Çri-Kirana-ratu, putri saking nagari Janggala. Wondene Prabu Kamèswara punika, miturut sêratan sela, jumênêng ratu wontên ing Kadhiri wiwit kiwa têngênipun taun 1037 dumugi 1052 Çaka (1115 dumugi 1130 taun Masehi).

Nanging wontên malih Prabu Kamèswara II, jumênêng kala kiwa têngênipun taun 1108 Çaka (1185 taun Masehi). Para geleerden Walandi anggandhèngakên sêrat Smaradahana punika kaliyan Prabu Kamèswara II; kula piyambak nganggêp bilih ingkang kasêbut wontên ing sêrat Smaradahana punika Prabu Kameswara I. Inggih ratu punika, kintên kula ingkang wontên ing cariyos Panji misuwur nama Prabu Hinu Kartapati, awit ingkang garwa namanipun ugi mawi Kirana, inggih punika Dèwi Candra Kirana.

Prakawis kuwaliking nagari: wontên ing sêrat Smaradahana putri ing Janggala angsal ratu Kadhiri, wontên ing sêrat Panji putri Kadhiri angsal ratu ing Janggala, punika bilih ngèngêti kisruhipun sêrat-sêrat babad Jawi, kados botên dados punapa.

Ingkang andamêl sêrat Smaradahana punika anama Êmpu DHARMAJA. Nalika taun 1931 sêrat wau sampun kacithakakên mawi aksara latin, sabageyan agêng ingkang botên pêtêng suraosipun, kaprêtal ing basa Walandi[6]

21. Bhomakawya, mawi sêkar

Sêrat punika ingkang dipun cariyosakên prangipun Prabu Krêsna kaliyan Sang Bhoma. Mênggah gancaripun makatên:

Prabu Krêsna karawuhan Rêsi Narada, mundhut tulung supados nyirnakakên danawa, balanipun Prabu Bhoma, ingkang sami ngêpang kaendran. Sang Samba ingkang kadhawuhan tindak kaliyan bala sawatawis. Dumugi ing sukuning rêdi Himalaya, prang, danawa sirna.

Wontên satunggiling patapan sampun suwung saha risak. Sang Samba andangu gotêkipun kala rumiyin, kadospundi. Ingkang dipun dangu nama Puthut Gunadewa, jêjanggan muridipun Bagawan Wiswamitra. Sang Gunadewa matur bilih punika tilas patapanipun Sang Dharmadewa, putranipun Bathara Wisnu. Sasedanipun Sang Dharmadewa, garwanipun nama Sang Yadnyawati andumugèkakên tapa wontên ing ngriku, nanging botên dangu lajêng seda obong. Nyut, Sang Samba kèngêtan bilih Sang Dharmadewa punika kala rumiyin Sang Samba piyambak, lajêng kraos kangên dhatêng Sang Yadnyawati, garwanipun kala rumiyin. Salêbêtipun Sang Samba ngênglêng, sang widadari Tilottama dhatêng, nyariyosakên yèn Sang Yadnyawati sampun nitis dados putrining ratu ing Utara-nagara, lêstantun nama Sang Yadnyawati. Nanging ingkang rama ibu sampun seda, awit kêjègan dening ratu danawa, nama Sang Bhoma. Ing samangke sang putri wau dipun opèni dening Sang Bhoma.

Sang Samba lajêng dipun irid dening Sang Tilottama dhatêng panggènanipun Sang Yadnyawati kalayan dhêdhêmitan. Sang Samba pêpanggihan kaliyan sang putri wontên ing kadhaton. Sarêng konangan, prang malih, danawa kaplajêng; nanging salêbêtipun urêg-urêgan, Sang Bhoma

Page 18: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

dhatêng, Sang Yadnyawati lajêng kabêkta dhatêng kratonipun ingkang satunggal, nama Prajotisa .

[7]

Sang Samba wangsul dhatêng kadhaton kecalan Sang Yadnyawati, lajêng ngênglêng malih. Botên dangu Sang Narada rawuh, Sang Samba dipun prayogèkakên kondur dhatêng Dwarawati, sabab ing panggènan ngriku nyumêlangi.

Sang Samba kondur, gêrah. Prabu Krêsna miyos, nampi palapuran gêrahipun ingkang putra, ayêm kemawon. Botên dangu wontên dewa rawuh mundhut tulung, sabab Prabu Bhoma sampun saya nêsêg anggènipun badhe ngrêmêt kaendran. Prabu Krêsna nglurug prang, Sang Bhoma kawon, pêjah, kuwandanipun dhawah wontên ing sagantên; sang Samba lêstantun panggih kaliyan Sang Yadnyawati.

Mênggah ingkang andamêl sêrat Bhomakawya punika botên têrang. Namung ungêl-ungêlaning wiwitan mawi mêmuja Bathara Kamajaya kados sêrat Smaradahana. Amila DR. VAN DER TUUK inggih kagungan pangintên bilih sêrat Bhomakawya punika nunggil jaman kaliyan sêrat Smaradahana. Bab kawontênaning basa saha kêkidungan, botên anyulayani dhatêng pamanggih punika.

Sêrat Bhomakawya punika kala taun 1852 kacithakakên mawi aksara Jawi dening DR. FRIEDERICH.[8] Prêtalanipun ing basa Walandi kadamêl dening DR. TEEUW: Proefschrift 1946.

22. Bharatayuddha, mawi sêkar

Sami-sami sêrat Jawi, sêrat Bharatayuddha punika misuwur piyambak. Ingkang dipun cariyosakên wosipun pêrangipun para Pandhawa mêngsah para Korawa. Sarèhne cariyosipun sampun misuwur; dados ing ngriki botên prêlu dipun gêlarakên.

Sêrat wau kadamêl kala salêbêting jumênêngipun Prabu Jayabaya ing Kadhiri, mawi sêngkalan sanga-kuda-suddha-candrama = 1079 Çaka = 1157 taun Masehi. Wondene Prabu Jayabaya punika miturut sêratan sela, jumênêngipun wiwit kiwa têngênipun taun 1057 dumugi 1079 Çaka (1135 dumugi 1157 taun Masehi).

Ingkang andamêl sêrat punika bujangga kalih. Ingkang wiwitan dumugi Prabu Salya mangkat prang, punika damêlanipun Êmpu SÊDHAH; salajêngipun Êmpu PANULUH.

Miturut gotèk, nalika Êmpu Sêdhah badhe mratelakakên ayunipun Dèwi Sêtyawati, garwanipun Prabu Salya, punika botên sagêd yèn botên mawi conto. Saking kaparêngipun Prabu Jayabaya, garwanipun, ingkang kaparingakên kangge conto. Wasana Êmpu Sêdhah kenging dakwa manawi kirang prasaja, lajêng dipun pêjahi.

Bilih cariyosipun Êmpu Panuluh piyambak, makatên: Sarêng Êmpu Sêdhah pangarangipun mèh dumugi miyosipun Prabu Salya prang, manahipun botên têgêl. Lajêng akèn dhatêng Êmpu Panuluh supados anglajêngakên. Cariyos punika kasêbut wontên pungkasaning sêrat Bharatayuddha.

Page 19: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Cariyosipun DR. GUNNING, sêrat Bharatayuddha punika, ing bab saening basa saha kêkidungan, kenging kapandhing kaliyan kêkidunganipun bangsa Yunani ing jaman kina. Sarèhne kula botên sagêd nitisakên bab punika, kula namung anyumanggakakên. Nanging bilih sêrat Bharatayuddha punika ing bab basa saha kêkidungan, sae, kula purun nêmtokakên.

Ing samangke taksih kathah ungêl-ungêlan saking sêrat Bharatayuddha ingkang kangge ing suluk wayang, nanging ungêl-ungêlan wau sampun risak sangêt.

Sêrat Bharatayuddha punika kala taun 1903 sampun kacithakakên dening DR. GUNNING mawi aksara Jawi. Prêtalanipun ing basa Walandi ugi sampun mêdal wontên ing tijdschrift DJAWA, taun 14 No 1 (1934).

23. Hariwangsa, mawi sêkar

Sêrat punika ugi damêlanipun Êmpu PANULUH, taksih jamanipun Prabu Jayabaya. Ingkang dipun cariyosakên, mèh sami kaliyan sêrat Krêsnayana, ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng. Nanging inggih wontên bèntênipun sakêdhik, amila ing ngriki inggih kapratelakakên isinipun.

Wiwitan nyariyosakên saenipun nagari ing Dwarawati. Prabu Krêsna wontên ing patamanan kêrawuhan Bagawan Narada, paring dhawuh bilih Dèwi Sri sampun nitis wontên ing nagari Kundina, nama Dèwi Rukmini, putranipun Prabu Bismaka. Saking karsanipun Prabu Jarasanda, ratu binathara sangêt, Dèwi Rukmini badhe dipun paringakên dhatêng Sang Cedya, ratu ing Cèdi.

Prabu Krêsna sumêdya ambradhat Dèwi Rukmini, utusan abdi nama pun Priyambada supados angêdom-êdom wontên ing Kundina.

Dèwi Rukmini samantên ugi, inggih ngajêng-ajêng sagêda dhaup kaliyan titising Wisnu. Sang Dèwi sungkawa. Wontên cèthi nama Kesari, sumêrêp bilih sang dèwi nandhang asmara, nanging botên têrang dhatêng sintên. Ing satunggaling wêkdal pun Kesari mêdal, nuwèni tiyang sêpuhipun wontên sajawining kadhaton, wasana kêpanggih kaliyan pun Priyambada, taksih kaprênah sadhèrèk nak-sanak. Sawangsulipun pun Kesari dhatêng kadhaton, dipun bêktani sêkar dening pun Priyambada, supados kacaosakên dhatêng Dèwi Rumkini; sêkar wau kintunan saking Prabu Krêsna, kanthi sêrat rumpakan. Sang Rukmini kêdadak gandrung dhatêng Prabu Krêsna. Sabên dalu sang putri tindak dhatêng patamanan, nyamur gandrungipun, nanging malah saya granuhi.[9]

Ing nalika punika Bagawan Narada ngandika dhatêng Jarasanda, bilih Sang Krêsna badhe ambradhat Dèwi Rukmini. Sang Jarasanda enggal-enggal nimbali Prabu Bismaka kaparingan kabar punika. Aturipun Prabu Bismaka, Sang Rukmini prayogi enggal dipun panggihakên kaliyan Prabu Cedya. Prabu Cedya kadhawuhan mirantos badhe dipun panggihakên, lajêng gêgancangan tindak dhatêng Kundina.

Dèwi Rukmini saya susah panggalihipun, pun Priyambada kadhawuhan tumuntên wangsul dhatêng Dwarawati, ngaturi Prabu Krêsna. Prabu Krêsna kêsêsa mangkat. Kadhèrèkakên pun

Page 20: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Priyambada lan pun Prawira, dhatêng Kundina. Pun Priyambada kautus malih, maringi uninga dhatêng Sang Rukmini, yèn anggènipun mapag Sang Krêsna ing wanci têngah dalu.

Ing nalika punika ing kadhaton Kundina rame badhe têmpuking damél. Wasana wanci têngah dalu Dèwi Rukmini ambrosot mêdal saking kadhaton, kapapagakên dening Sang Krêsna lajêng kabêkta mlajêng. Icalipun sang dèwi kalapurakên dhatêng Prabu Bismaka, duka, lajêng dhawuh nututi, nanging Sang Krêsna sampun têbih.

Ing nalika punika para tamu ratu-ratu pêpak: Prabu Winda, Anuwinda, Bagadatta, Wiratha, Salya, Burisrawa, Ahuka, Jayadrata, Dantacakra. Sarèhne para ratu wau uninga manawi Prabu Krêsna punika sakti sangêt, amila lajêng dipun rêmbag. Sakawit Prabu Krêsna badhe dipun cidra kemawon. Prabu Jarasanda mrayogèkakên nêdha tulung dhatêng para Pandhawa. Sang Yudhisthira nyagahi, nanging Sang Bima botên rujuk; utusan badhe dipun tandangi; Sang Arjuna botên mrayogèkakên. Sarèhne Sang Yudhisthira sampun kêlajêng sagah, dados pitulungan kêdah dipun siyosakên.

Prabu Krêsna mirêng bilih badhe dipun lurugi para ratu samantên kathahipun, utusan Sang Udawa dhatêng Ngamarta, mundhut tulung. Prabu Yudhisthira botên sagêd, awit sampun kêlajêng sagah dhatêng Prabu Jarasanda. Patih Udawa wangsul, mawi dipun wêling supados Prabu Krêsna botên pêrlu sumêlang, awit saking agênging kasaktènipun.

Para Pandhawa têdhak dhatêng nagarinipun Prabu Jarasanda, ing Karawira, katampan kalayan hormat. Sasampunipun lajêng bidhal nglurug dhatêng Dwarawati. Para Korawa inggih ambantu.

Prabu Krêsna sampun tata-tata badhe mapagakên mêngsah. Botên dangu prang rame. Prabu Baladewa mêjahi mêngsah pintên-pintên. Sang Nakula saha Sang Sahadowa katut dipun pêjahi dening Prabu Baladewa. Sang Bima ngamuk, prang kaliyan Sang Baladewa, sampyuh. Sang Yudhisthira uninga bilih ingkang rayi tiga sami seda, majêng prang kaliyan Prabu Krêsna, Sang Yudhisthira kenging prabawanipun Prabu Krêsna, botên sagêd ebah ambêgêgêg kados tugu. Sang Arjuna mêngsah prang tandhing kaliyan Prabu Krêsna, Prabu Krêsna mèh kawon lajêng malih dados Bathara Wisnu; Sang Arjuna ugi dados Bathara Wisnu, palih-palih kaliyan Bathara Krêsna. Para dewa tumêdhak marêk dhatêng Bathara Wisnu. Sang Yudhisthira ugi ngabêkti, sarta nyuwun supados ingkang sami pêjah prang gêsanga malih. Bathara Wisnu nglilani. Wasana sadaya lajêng dhatêng ing Dwarawati ngurmati kramanipun Prabu Krêsna. [10] Êmpu Panuluh anggènipun andamêl sêrat punika botên lêt dangu kaliyan anggènipun anglajêngakên sêrat Bharatayuddha. Miturut cariyosipun piyambak tumrap ing pungkasaning sêrat Hariwangsa, sêrat punika tambenya pangikêtkw apèt lalêh = "têmbenipun anggèn kula ngikêt pados kêsêl". Dados Sang Panuluh inggih taksih nèm. Pasaksènipun, sang êmpu taksih ngakên muridipun Sang Prabu Jayabaya.

Enggal mangke sêrat Hariwangsa sampun kacithakakên mawi aksara Latin saha prêtalanipun ing basa Walandi, mawi tapsir têmbung-têmbungipun, dening DR TEEUW.[11]

24. Gathotkacasraya, mawi sêkar

Page 21: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Sêrat punika ugi damêlanipun Êmpu Panuluh. Nanging ratu ingkang kasêbut ing sêrat wau nama Prabu Jayakrêta. Miturut sêratan sela, kala jaman Kadhiri yêktos wontên ratu nama Krêtajaya, jumênêng kala kiwa têngênipun taun 1110 Çaka (1188 taun Masehi); bokmanawi punika ratu ingkang anggêntosi Prabu Jayabaya. Nanging bab punika ing sayêktosipun dèrèng patos têrang.

Sêrat Gathotkacasraya punika gancaripun makatên: Nalika para Pandhawa nglampahi ukuman bucal 12 taun, Sang Abimanyu katitipakên wontên ing Dwarawati. Sang Abimanyu sagêd ngèngèr saha bêkti sangêt dhatêng ingkang uwa, Prabu Krêsna. Sang prabu inggih trêsna. Malah saupami Sang Abimanyu dhaupa kaliyan Dèwi Sitisundari, Prabu Krêsna inggih rêna kemawon. Ananging Dèwi Sitisundari sampun kêlajêng kapacangakên kaliyan Radèn Laksana-Kumara, putra ing Ngastina. Dene Sang Abimanyu pancèn inggih mêmpêng dhatêng Sang Sitisundari, sarta kangge nyamur gandrung, rêmênanipun mlampah-mlampah wontên ing wana.

Satunggaling dintên Dèwi Sitisundari inggih kagungan kêpengin tindak dhatêng wana, kaparingan lilah ingkang rama, lajêng mangkat kaliyan para pandhèrèk èstri. Prabu Krêsna piyambak ugi lajêng têdhak lêlana dhatêng wana. Kapinujon salêbêtipun mêdal mlampah-mlampah dhatêng wana punika Sang Abimanyu kêpêthuk Dèwi Sitisundari ngantos kaping kalih; têmtu kemawon bilih ingkang makatên wau andadosakên sampyêngipun Dèwi Sitisundari kaliyan Radèn Abimanyu.

Sarêng sampun wangsul wontên ing kadhaton, Dèwi Sitisundari kintun sêrat dhatêng Sang Abimanyu, pratela bilih botên sênêng yèn kadhaupna kaliyan Sang Laksana-Kumara; sêrat wau dipun kanthèni gantèn saha borèh. Radèn Abimanyu lajêng pados akal supados sagêd pêpanggihan radi dangu kaliyan sang putri. Sang Abimanyu samadi, kêrawuhan Bathara Kamajaya sagarwa, maringi sêkar, ingkang sagêd ngrêksa kawilujênganipun Radèn Abimanyu ing salêbêting pêpanggihan. Nalika Sang Hyang Kamajaya badhe muksa malih, punika Sang Abimanyu cèwèt botên ngaturi bêkti dhatêng Dèwi Ratih. Sang dèwi duka, Radèn Abimanyu dipun sapatani, nyuwun ngapuntên, inggih lajêng dipun paringi.

Radèn Abimanyu ing sasampunipun punika sagêd lumêbêt ing patamanan kadhaton, kêpanggih kaliyan Dèwi Sitisundari. Nanging jêbul konangan. Sang Baladewa mirêng, duka sangêt, Radèn Abimanyu dipun tundhung, lajêng kesah kadhèrèkakên pun Jurudyah. Wontên ing satunggaling candhi Siwah sang radèn nyipêng, wasana kêdhatêngan raksasa kalih. Sang radèn dipun cêpêng badhe dipun aturakên minangka dhaharipun Bathari Durga. Danawa kalih mabur ambêkta sang radèn saha pun Jurudyah. Dumugi ngarsanipun Bathari Durga, sang radèn badhe dipun dhahar, nanging botên saèstu, sabab sang radèn kêtingal bêkti sangêt. Wasana Radèn Abimanyu kadhawuhan dhatêng ing kraton Purabaya, kadhatonipun Radèn Gathotkaca. Sarèhne têbih, sang radèn kaliyan Jurudyah dipun gendhong danawa kalih wau, kabêkta mabur. Dumugi ing Purabaya sang radèn dipun sèlèhakên wontên ing patamanan. Wontên ing ngriku sang radèn kêpanggih kaliyan danawa, juru tamanipun Sang Gathotkaca. Danawa nêsu, nanging lajêng lilih manahipun, awit dipun pratelani, bilih Sang Abimanyu botên badhe andamêl rêsah, namung badhe sowan dhatêng Radèn Gathotkaca. Radèn Abimanyu kairid sowan Radèn Gathotkaca, pun Jurudyah ingkang anggêlarakên sapêrlunipun. Sang Gathotkaca sagah badhe mitulungi supados kêdumugèn karsanipun Radèn Abimanyu.

Page 22: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Sarêng sampun mèh têmpuking damêl, para Korawa ngarak pangantèn dhatêng Dwarawati. Sang Sitisundari sampun bingung, mèh badhe suduk salira, nanging angsal wisiking dewa, yèn badhe saèstu dhaup kaliyan Radèn Abimanyu.

Radèn Gathotkaca saha bala manangkat dhatêng Dwarawati, lêrêb wontên wana sacêlaking nagari. Radèn kalih Sang Gathotkaca saha Sang Abimanyu nitih kreta mabur anjujug ing patamanan, kêpanggih Dèwi Sitisundari. Ing jawi para tamu sampun sami suka-suka pista. Sang dèwi kaliyan Radèn Abimanyu kadhawuhan nitih kreta mabur, oncat saking kadhaton. Sang Gathotkaca botên kesah saking patamanan, badhe mêjahi Sang Laksana manawi dhatêng. Saoncatipun Dèwi Sitisundari kaliyan Radèn Abimanyu, Radèn Gathotkaca mindha-mindha Sang Sitisundari.

Raksasa nama Bajradanta, anakipun raksasa Baka, ingkang dipun pêjahi dening Sang Bima, badhe malês ukum. Akalipun Sang Gathotkaca dipun wadulakên dhatêng Sang Kurupati. Sang Bajradanta lajêng nyuwun lilah mindha-mindha Sang Laksana Kumara. Pangantèn jalêr palsu dipun arak dhatêng panggènaning pangantèn èstri. Sarêng panggih lajêng rangkulan, gapyuk; pangantèn jalêr ngangkah pêjahipun pangantèn èstri, ingkang èstri samantên ugi, nanging mênang pangantèn èstri, ingkang lajêng badhar dados Radèn Gathotkaca, mabur. Para Korawa sami lumajêng

Prabu Kurupati angêmpalakên bala lajêng prang kabantu dening Prabu Baladewa, mêngsah santana ing Dwarawati, kabantu Radèn Gathotkaca. Sarêng para Korawa kêtingal kêsêsêr, Prabu Baladewa triwikrama nênggalanipun dipun obat-abitakên mêdal sawarnining danawa, detya, raksasa, sapanunggilanipun.

Ing nalika punika Bagawan Narada tumêdhak, dhatêng dunungipun Prabu Krêsna, taksih wontên ing wana, dipun dhawuhi kondur. Prabu Krêsna lajêng ngrêrapu ingkang raka. Sasampunipun lilih lajêng botên wontên prakawis, tur Sang Abimanyu saèstu dhaup kaliyan Dèwi Sitisundari. [12] Êmpu Panuluh anggènipun andamêl sêrat Gathotkaca-çraya punika sampun sêpuh; sampun katawis anggènipun kêsêl wontên ing donya. Ungèlipun piyambak makatên: manggêh sadhana sang kawiçwaran asadhya kalêpasani sandhining mangö, têgêsipun: pantês dados pirantosing sang Kawiçwara (= kula = Panuluh) anggènipun sumêdya ngudhari gêgandhènganing sênêng. Malih: mon cênggan apa deya donika silunglungani humulihèng Smaralaya, têgêsipun: "Yèn dipun wada, inggih badhe punapa malih; prêlunipun namung kangge sangu mantuk dhatêng swarganipun bathara Kama". Taksih wontên malih, dumunung ing pungkasan: antuknya mrih amöh manah silung-lungan iki mulihèng Ananggabhawana, ri nglihnyan lêwas ing langö, têgêsipun: anggèn kula murih mêrês-mêrês manah punika namung kula angge badhe mantuk dhatêng jagadipun Sang Anangga (= tanpa badan = Kamajaya = pati), saking sampun kêsêl lami wontên ing kasênênagan.

Kula nuwun, cariyos ingkang makatên punika namung sagêd saking tiyang ingkang sampun sêpuh, kêsêl gêsang.

Sêrat Gathotkacasraya punika wiwitan sapisan, ingkang nyariyosakên satriya kadhèrèkakên ing panakawan. Kala Radèn Abimanyu kesah saking Dwarawati, punika dipun dhèrèkakên dening Jurudyah, Prasanta kaliyan Punta. Nanging miturut raos kula, têmbung Punta ing ngriki dede

Page 23: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

nama, punika sêsêbutan ingkang têgêsipun kados ing basa Malayu "tuanku" saminipun Puntadewa, punika pancènipun atêgês "tuanku dewa" lajêng dados namanipun Prabu Yudhisthira. Tunggilipun wontên ing sêratan sela inggih wontên: Punta hyang = Tuanku hyang.

[13]

Pamanggihipun DR. V. STEIN CALLENFELS, bilih Gathotkacasraya punika lampahan wayang dipun dhapuk kidung, punika kathah lêrêsipun. Dados kala jaman Kêdhiri wayang punika sampun mawi panakawan. Anglajêngakên rêmbag, ing samangke ngrêmbag sêrat.

25. Wrêttasancaya, mawi sêkar

Sêrat punika isi piwulang bab sêkar, (sêkar agêng), anggêlarakên waton-watonipun saha namanipun. Mawi dipun sukani conto ngantos wontên warni 94. Dados kados sêrat Candakarana ingkang sampun kula aturakên wontên ing ngajêng piyambak.

Piwulang wau mawi dipun dèkèki ular-ular cariyos: putri dipun tilar kesah kakungipun. Sang putri dhatêng patamanan, kêpanggih maliwis sajodho, lajêng dipun têdhani tulung supados madosi kakungipun. Ibêring maliwis sagêd nyukani jalaran nyariyosakên rêrênggan ing wana sapanunggilanipun.

Ingkang andamêl sêrat Wrêttasancaya punika nama Êmpu TAN-AKUNG. Nanging botên kasumêrêpan kala jamanipun ratu Jawi sintên. Ewasamantên kenging kagrêba bilih sêrat wau damêlan kala jaman Kêdhiri akir.

Sêrat Wrêttasancaya punika sampun kacithakakên dening PROF. H. KERN kala taun 1875, mawi akasara [14] Jawi saha prêtalan ing basa Walandi. Sarêng kacithak malih wontên ing VERSPREIDE GESCHRIFTEN, kalêbêt ing deel IX, kaca 67, nanging sêratanipun dipun santuni sêratan Latin.

Ing salêbêting sêrat cithakan punika wontên pratelanipun cara Jawi, mungêl: "punika tatêdhakanipun sêrat Wrêttasancaya, cariyos ing pulo Bali: kala kina wontên satunggiling pandhita, darbe atmaja èstri wasta Dèwi Daruki, punika tinilar kesah anglês dhatêng lakinipun, lajêng nusul piyambak ngupadosi lakinipun, tanpa pamitan ing rama ibu, sarta samargi-margi gandrung-gandrung. Nalika punika ing pulo Jawi ingkang nama karaton agêng nagari ing Kêdhiri, nanging mèh ngalih dhatêng Pêngging, panjênênganipun Prabu Kusumawicitra".

Botên susah kula aturakên panjang-panjang, pratelan punika têtêp omong kosong kemawon. Sapisan, Kêdhiri botên nate ngalih dhatêng Pêngging, kaping kalih, ratu Jawi jaman Kêdhiri botên wontên ingkang nama Kusumawicitra. Punapa dèrèng kêpanggih kemawon?

Cariyos putri katilar ingkang kakung, lajêng kengkenan maliwis sajodho supados madosi, punika kalêbêt ing sêrat Ajipamasa jilid III pupuh 4, dumugi jilid IV puluh 1. Kadospundi dene cariyos ing Wrêttasancaya kêsasar dhatêng sêrat Ajipamasa, punika kula anyumanggakakên.

Taksih wontên malih sêrat damêlanipun Êmpu TANAKUNG, nama sêrat

Page 24: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

26. Lubdhaka, mawi sêkar

Sêrat punika anyariyosakên satunggaling tiyang, juru ambêbêdhag; sarêng sampun pêjah sagêd minggah swarga. Juru ambêbêdhag punika wontên ing agami Indhu, saya malih ing agami Buddha, kalêbêt tiyang ingkang asor, ingkang awon sangêt, sêbab pandamêlanipun mbotên sanès, sabên dintên namung amêjahi kewan, sami-samining agêsang kados manusa. Ewadene sagêd minggah swarga. Mênggah gancaring cariyos makatên:

Wontên satunggaling juru ambêbêdhag, saanak-semahipun agêgriya ing wana. Ing satunggaling dintên tiyang wau kesah ambêbêdhag, nanging sadintên muput botên angsal kewan satunggal-tunggala. Mèh wanci sêraping surya tiyang wau ngêntosi wontên sapinggiring sêndhang, mbokmanawi wontên kidang mênjangan ingkang ngombe dhatêng sêndhang wau, nanging mêksa mbotên wontên. Sarêng sampun sêraping surya, pun juru ambêbêdhag ajrih mantuk, saking pêtênging wana sarta sumêlang manawi kadêkêp ing sima utawi kewan galak sanèsipun, amila lajêng sipêng wontên ing wana. Tilêm wontên ing ngandhap ugi ajrih, lajêng mènèk wit maja ingkang manglung dhatêng sêndhang. Wontên ing panging maja wau badhe tilêm inggih ajrih manawi dhawah. Kangge nylamur anggènipun ngantuk sangêt, tiyang wau lajêng mêthiki ron maja saking satunggal kacêmplungakên dhatêng sêndhang.

Kapinujon, ing salêbêting toya sêndhang wontên lingganipun, ingkang dumados saking kajêngipun piyambak. Ing mangka lingga punika pasariranipun Bathara Siwah. Kapinujon malih, sae-saening tiyang mêmuja dhatêng Bathara Siwah punika botên wontên kados tiyang nyèlèhakên ron maja dhatêng lingga. Kapinujon ingkang kaping tiga, ing dalu punika kalêrês dalu, ingkang dipun wastani Siwah-ratri, têgêsipun dalunipun Bathara Siwah. Sintên ingkang ing dalu punika natas, sadalu botên tilêm punika ganjaranipun agêng sangêt. Dados pun juru ambêbêdhag punika, botên kalayan dipun niyati, ing dalu wau nindakakên pamuja, dhatêng Bathara Siwah, ingkang prayogi sangêt.

Enjingipun, byar, pun juru ambêbêdhag mantuk, nglanthung kemawon. Rayat saha anak-anakipun sami ngajêng-ajêng; sarêng pun juru ambêbêdhag dhatêng, sayah, arip, lajêng dipun opèni dening rayatipun.

Enjingipun malih juru ambêbêdhag kesah dhatêng wana, madosakên têdha anak semahipun. Makatên damêlanipun ing sadintên-dintênipun, tansah mêjahi kewan. Danguning-dangu juru ambêbêdhag sakit, saya lami saya sangêt, wasana lajêng tilar donya. Rayatipun sambat-sambat. Mayit kabêkta dening sanak-sêdhèrèk dhatêng têngahing wana lajêng kabêsmi.

Nyawanipun pun juru ambêbêdhag wau wontên ngawang-awang bingung, pêtêng marginipun, awit saking pandamêlipun awon nalika gêsangipun. Bathara Siwah rêna sangêt dhatêng juru ambêbêdhag punika, saking kala rumiyin nate amêmuja ing panjênênganipun, nalika tiyang wau kêdalon wontên ing salêbêting wana. Amila Bathara Siwah utusan abdinipun supados mapag rohipun juru ambêbêdhag.

Ing nalika punika balanipun Bathara Yamadipati, pangagênging naraka, sampun rampung anggènipun badhe narik roh wau dhatêng naraka. Bala naraka mangkat murugi roh, nanging abdinipun Bathara Siwah ugi sampun sami dhatêng. Wasana lajêng rêbutan, dados prang.

Page 25: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Balanipun Bathara Yamadipati kawon, mundur, rohipun tiyang juru ambêbêdhag saèstu kabêkta dhatêng ngarsanipun Bathara Siwah, kainggahakên swarga numpak wimana, tur kasungga-sungga. Bathara Yamadipati sowan gigat dhatêng ngarsanipun Bathara Siwah, lajêng dipun dhawuhi sapêrlunipun, kanthi katrangan.

Empu TANAKUNG anggènipun andamêl sêrat wau ugi sampun sêpuh. Wontên ing pungkasan cariyosipun piyambak makatên: tan sakèng wruh apèt raras rumacana ing wuwus, kumawasa byaktasambhawa yan kasanmataha dènira ing parajana muktaning klesa silunglunganya mulihèng niraçraya juga; têgêsipun: botên saking pintêr pados asrèn-asrèn anggèn kula gumaib ngikêt cariyos punika. Cêtha mokal yèn dipun rênanana ing tiyang kathah; (lah inggih kajêngipun. Sêdya kula namung) sagêda ical dosa kula anggèn kula mantuk dhatêng kalanggêngan.

Ing wiwitaning sêrat Lubdhaka Êmpu Tanakung mawi nyêbut namaning ratu, Prabu Girindrawangsaja. Punika jêjulukipun Kèn Angrok sarêng sampun dados ratu wontên ing Tumapêl. Dadaos Êmpu Tanakung anggènipun damêl sêrat Lubdhaka punika, kraton Jawi sampun ngalih saking Kêdhiri dhatêng Tumapêl, taun 1144 Çaka (1222 taun Masehi).[16]

Anggènipun Êmpu Tanakung andamêl cariyos kados makatên wau cêtha sangêt. Inggih punika pados pêndhok dhatêng Kên Angrok. Kên Angrok punika miturut sêrat Pararaton, ingkang badhe kapratelakakên ing wingking, kala ênèmipun tiyang awon sangêt: mêjahi tiyang, ambegal, ngrêbut rayating tiyang, lan sanès-sanèsipun malih. Sarêng sampun sagêd dados ratu, lajêng wontên bujangga ingkang andamêl cariyos tiyang awon sangêt sagêd minggah swarga. Punika Êmpu Tanakung têgêsipun pados sih dhatêng Kèn Angrok.

Dumugi samantên anggèn kula ngurut sêrat-sêrat Jawi kina, kula pêdhot rumiyin. Awit jamanipun Kèn Angrok, Prabu Girindrawangsaja, punika ing raos kula kenging kangge watêsipun sêrat-sêrat Jawi kina ingkang sêpuh kaliyan sêrat-sêrat Jawi kina ingkang nèm. Dados sêrat Lubdhaka punika kenging dipun wastani wuragilipun[17] sêrat-sêrat Jawi kina ingkang golongan sêpuh. Titikanipun kados pundi?

Kajawi saking titimangsa angka taun sarta namaning ratu ingkang kasêbut, ingkang golongan sêpuh punika ugi kêtitik saking lêlewaning basa. Wontên malih ugi kenging kangge titikan, inggih punika: babonipun sêrat-sêrat wau cêtha saking cariyos Indhu. Ingkang botên asal saking cariyos Indhu, babonipun ing Jawi kina sanèsipun, botên wontên. Lan malih sêrat-sêrat ingkang sêpuh punika kajawi bab ingkang gêgandhengan kaliyan sang ratu ingkang dipun sêbut namanipun, botên nyariyosakên bab tanah Jawi.

1. § VERHANDELINGEN BAT. GEN., babak XXIII. 2. § BIJDRAGEN KON. INST., babak LXXXII 1926.3. kêpengin 4. § Cêkakaning cariyos ing basa Walandi wontên ing TIJDSCHR. BAT. GEN., babak

LVIII, mawi kacocogakên kaliyan gambar ing candhi Panataran. 5. Indhumati (dan di tempat lain) 6. § BIBLIOTHECA JAVANICA, babak III. 7. § Ewah dados: Trajutrisna. 8. § VERHANDELINGEN BAT. GEN., babak XXIV, 1852. 

Page 26: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

9. ngranuhi 10. § Pêndhêtan saking sêrat SUDAMALA. 11. § VERHAND. KON. INST. V.D. T.L. en Vlk., babak IX, 1950. 12. § Pêndhêtan saking sêrat SUDAMALA. 13. § Wontên ing dongèng Jurudyah Prasanta punika dados Jodèksanta. Malah raos kula,

Jurudyah punta Prasanta punika namanipun tiyang satunggal; nama wau têgêsipun: lurah dènmasan, Prasanta. Wontên ing sêrat Panji alias: Sêmar. 

14. aksara 15. wontên 16. § Kintênipun PROF. KROM, bilih Girindrawangsaja ing sêrat LUBDHAKA punika Kèn

Angrok, pinanggih lêrês (TIJDSCHR. BAT. GEN., babak LVII, kaca 518). 17. wuragilipun 

III. SÊRAT-SÊRAT JAWI KINA INGKANG GOLONGAN ÊNÈM

Ingkang badhe kula têrangakên ing ngandhap punika sêrat-sêrat Jawi kina ingkang golongan ênèm. Mênggah titikanipun sami kemawon kaliyan ingkang golongan sêpuh. Inggih punika:

1. Namaning ratu ingkang kasêbut, gandhèngipun kaliyan sêratan sanèsipun; kados ta sêratan sela.

2. Titimangsa utawi angka taun.

3. Lêlewaning basa.

4. Babonipun sêrat Jawi kina ingkang langkung sêpuh, wontên.

5. Nyariyosakên bab kawontênan ing tanah Jawi.

Tumrapipun sêrat-sêrat ingkang golongan sêpuh, angka 4 kaliyan 5 punika grêbanipun, botên wontên.

Sêrat Jawi kina nèm, ingkang wontên babonipun sêrat Jawi kina langkung sêpuh, punika sêrat.

27. Brahmandhapurana, mawi sêkar

Sêrat punika inggih sêrat Brahmandhapurana ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng (No. 4) nanging dipun wangun mawi sêkar saha dipun cêkak. Dados ing bab cariyosipun inggih nama dede barang enggal. Mênggah lêlewaning basanipun ugi anêdahakên bilih sêrat wau ênèm.

Ing salêbêting sêrat Brahmandhapurana mawi sêkar, punika wontên ratu èstri kasêbut namanipun: Sang Sri Prakrêtiwirya, sampun sawatawis sêpuh. Sarèhne botên wontên prabot sanès-sanèsipun, ingkang kenging kangge nyumêrêpi Sang Sri Prakrêtiwirya punika sintên, utawi kala jaman punapa, dados inggih sampun botên sagêd nêrangakên malih.

Page 27: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Sêrat Bramandhapurana mawi sêkar, punika ugi sampun kacithakakên mawi aksara latin dening PROF. J. GONDA, nunggil kaliyan sêrat Brahmandhapurana ingkang basa gancar.

28. Kunjarakarna, mawi sêkar

Makatên ugi sêrat punika, inggih sêrat Kunjarakarna ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng (No. 16) Kawangun mawi sêkar. Nanging kawuningana, sanadyan ing bab cariyosipun ugi nama dede barang enggal, nanging panataning têmbung-têmbung ing sêrat punika sae sangêt. Kula maos ngantos gadhah raos kados tiyang ngingêtakên oncèn-oncèn sêsotya; tur inggih namung têmbung limrah punika kemawon. Emanipun dene sêrat punika dèrèng kacithakakên.[1]

Ing samangke kula badhe ngaturakên sêrat ingkang wêkdal punika sawêg dados kêmbang lambe, inggih punika sêrat.

29. Nagarakrêtagama, mawi sêkar

Sêrat punika ingkang dipun cariyosakên kawontênan ing karaton Majapait, nalika jumênêngipun Prabu Hayam Wuruk, ratu binathara ing tanah Jawi, jumênêng wiwit taun 1272 dumugi 1311 Çaka (1350 dumugi 1389 taun Masehi). Sabageyan agêng, sêrat wau ngêmot pratelan nalika sang prabu têdhak pêpara dhatêng tanah Balambangan, lajêng kondur mampir dhatêng Singasari (Tumapêl). Kajawi punika ugi ngêmot bab babad sawatawis, bab wilujêngan, pasamuwan, tatananing nagari lan sanès-sanèsipun.

Ing sadèrèngipun sêrat NAGARAKRÊTAGAMA kasumêrêpan, cariyos Majapait punika namung mligi alêlandhêsan sêrat-sêrat babad Jawi. Sarêng sêrat NAGARAKRÊTAGAMA sampun dipun sinau, angsal-angsalanipun katandhing kaliyan sêratan sela tuwin têmbagi saha pawartos saking bangsa Tiong Hoa, kawontênan ing karaton Tumapêl saha dumadosipun karaton Majapait, sagêd kasumêrêpan sawatawis gamblang. Namung pratelan ing sêrat-sêrat babad wau mèh sadaya lajêng pinanggih botên kenging dipun pitados.

Sêrat NAGARAKRÊTAGAMA punika kêkidunganipun sae, basanipun ugi sae. Dene ingkang andamêl nama Sang PRAPANCA kala ing taun 1287 Çaka (1365 taun Masehi). Sang Prapanca nalika ing wêkdal punika dèrèng angsal sêsêbutan êmpu, awit taksih dados candidaat bujangga. Ramanipun nama Êmpu Nadendra, dados DHARMADHYAKSA RING KASOGATAN = Superintendent ing babagan Kabudan.

Ing samangke sêrat wau sampun kacithakakên, ing sakawit mawi aksara Bali [2] lajêng kacithak malih mawi aksara latin, dipun prêtal dening PROF. KERN ing basa Walandi, mawi katrangan sawatawis kathah saking PROF. DR. KROM.[3]

Ing salêbêting jumênêngipun Prabu Hayam Wuruk taksih wontên malih sêrat ingkang dumados, inggih punika sêrat.

30. Arjunawijaya, mawi sêkar

Page 28: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Cariyosipun sêrat punika pêndhêtan saking sêrat Uttarakandha ingkang sampun kaaturakên ing nginggil (No. 6) nanging inggih kawangun mawi sêkar. Wosing cariyosipun namung mêndhêt prangipun Prabu Dasamuka kaliyan kakangipun, Prabu Waisrawana utawi Prabu Dhanaraja. Lajêng prangipun Prabu Dasamuka mêngsah Sri Arjuna Sasrabahu, ratu ing Mahismati, ngantos kapikutipun Sang Dasamuka.

Cariyos punika tumrap ing jaman samangke ugi nama sampun kasumêrêpan ing akathah, amila ing ngriki inggih cêkap dipun cêkak samantên kemawon.

Ingkang andamêl sêrat punika nama Êmpu TANTULAR; pandamêlipun nalika Prabu Hayam Wuruk sampun sawatawis sêpuh; têgêsipun, sêpuh sêrat Nagarakrêtagama katimbang kaliyan sêrat Arjunawijaya.

Damêlanipun Êmpu TANTULAR sêrat satunggalipun malih nama sêrat:

31. Sutasoma utawi Purusadasanta, mawi sêkar

Gancaring cariyos makatên: Sang Hyang Buddha nitis dhatêng putranipun Prabu Mahakètu, ratu ing Ngastina, nama Radèn Sutasoma. Sang radèn, sarêng sampun agêng, ngibadah sangêt, rêmên dhatêng agami Buddha (Mahayana). Badhe dipun kramakakên saha dipun jumênêngakên ratu, botên karsa. Ing wanci dalu sang radèn lolos saking nagari; kontên-kontên ingkang dipun kancingi, sami mênga piyambak-piyambak kangge langkung sang radèn. Sarêng lolosipun sang radèn kasumêrêpan, ing kêdhaton gègèr, sang prabu saha sang paramèswari sami susah, dipun rêrapu ing akathah.

Dumugi ing wana sang radèn mêmuja wontên salêbêting candhi; Bathari Widyutkarali rawuh, pratela bilih sêmbahhyangipun sang radèn sampun katarimah. Ing salajêngipun sang radèn minggah dhatêng ing rêdi Himalaya, kadhèrèkakên para pandhita sawatawis. Dumugi satunggaling patapan, sang radèn dipun caritani sajarahing patapan wau, saha dipun aturi uninga yèn wontên ratu, titising ratu danawa, damêlipun nêdha tiyang, nama Prabu Purusada utawi Kalmasapada. Cariyosipun ratu punika makatên: Ing satunggaling wêkdal, ulam sadhiyan badhe dhaharipun sang prabu, ical dipun têdha ing sagawon saha babi. Juru masak bingung, kêsêsa pados ulam kangge lintunipun, botên angsal, lajêng dhatêng pasetran ngiris ulam pupuning tiyang pêjah ingkang taksih enggalan, lajêng dipun masak. Sang prabu dhahar kraos eca sangêt, labêt titising danawa wau; andangu dhatêng juru mangsak, ulam punapa ingkang dipun aturakên punika wau. Aturipun juru mangsak, ulam tiyang, sabab pun juru masak dipun agar-agari badhe kapêjahan yèn botên matur salêrêsipun. Sang prabu tuman dhahar ulam tiyang; tiyang ing nagari têlas, saking sampun sami dipun dhahar utawi ngungsi kesah dhatêng sanès nagari. Sang prabu lajêng dilalah gêrah tatu sukunipun, botên sagêd mantun; malah lajêng dados danawa, dêdunung wontên ing wana dados pangagênging wana.

Ing satunggaling wêkdal sang prabu kaul, bilih sagêd mantun gêrahipun, badhe nyaosi dhahar dhatêng Bathara Kala, ratu satus. Sang Sutasoma dipun aturi dening para pandhita supados mêjahi ratu punika, nanging botên karsa. Bathari Prêtiwi mêdal saking dhasaring siti, tumut ngaturi sang radèn supados mêjahi sang Kalmasa-pada, nanging sang radèn mêksa botên karsa. Malah anglajêngakên tindakipun badhe tapa. Wontên ing margi kêpanggih danawa asirah gajah,

Page 29: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

damêlipun ugi nêdha tiyang. Sang radèn badhe dipun têdha; sarêng kagêlut, danawa dhumawah ing ngandhap, kêtindhihan sang radèn, awratipun kados katindhihan ing rêdi. Danawa sirah gajah kawon, lajêng dipun wulang agami Budha; botên kenging amêmêjahi; danawa sirah gajah miturut lajêng dados murid. Salêbêtipun anglajêngakên lampah, kêpanggih naga, ingkang badhe ngancap dhatêng sang radèn. Danawa sirah gajah ngadhangakên badanipun, kapulêt ing naga; sarêng sampun, naga lajêng ngalumpruk dhawah ing siti, sêbab kenging prabawanipun sang radèn. Sang naga inggih lajêng dados murid. Dumugi satunggaling jurang sang radèn kêpanggih sima èstri badhe nêdha anakipun. Sang radèn ngêndhak kajêngipun; sima biyung wangsulanipun, luwe sangêt sampun botên sagêd angsal kidang mênjangan, amila badhe nêdha anakipun piyambak. Sang radèn lajêng ngandika: "aku wae panganên, anakmu mêsakake". Sima èstri lajêng anggêmprong sang radèn katubruk, dipun cakot jajanipun, kasêsêp rahipun, kraos mak clês kados ngombe toya panggêsangan, wasana pun sima èstri kèngêtan dhatêng pandamêlipun awon, manahipun gêtun sangêt, nangis wontên daganing layonipun sang radèn, namung badhe sumêdya pêjah thok.

Bathara Indra rawuh, sang radèn dipun gêsangakên malih. Sang radèn nutuh dhatêng Bathara Indra, dene sampun sêkeca têka dipun gêsangakên malih. Wangsulanipun Bathara Indra, yèn sang radèn botên sugêng malih, mangka pun sima èstri kalajêng pêjah, punika anggènipun sang radên wêlas mitulungi dhatêng anak sima wau botên wontên têgêsipun, awit sima alit inggih botên wande pêjah dipun tilar biyungipun, botên wontên ingkang nêsêpi. Bathara Indra muksa, sang radèn lajêng paring piwulang.

Ing sasampunipun punika sang radèn lajêng tapa piyambak wontên ing guwa, kagodha (ngêblak Arjunawiwaha), botên kengguh Bathara Indra tindak piyambak mindha-mindha putri ayu, mêksa botên kengguh, malah sang radèn badhar dados Bathara Budha Wairocana. Para dewa nyungga-nyungga. Sarêng sampun awujud Sang Sutasoma malih, lajêng kondur.

Sang Prabu Dasabahu, nak-sanakipun sang radèn, pêrang kaliyan danawa balanipun Prabu Kalmasapada. Danawa kawon lumajêng ngungsi dhatêng sang radèn. Prabu Dasabahu nututi, ngancap dhatêng sang radèn, wasana uninga bilih nak-sanakipun piyambak, lajêng dipun jak kondur dhatêng nagarinipun Sang Dasabahu, kapêndhêt ipe. Bibar têmu sang radèn kondur dhatêng nagari Ngastina; sarêng sampun kagungan putra sang radèn lajêng kajumênêngakên ratu nama Prabu Sutasoma. Kocapa, Sang Prabu Purusada (Kalmasapada), anggènipun pados ratu satus sampun angsal 99 sami dipun kunjara. Namung kirang satunggal; Sang Kalmasapada nglurug dhatêng Ngalêngka, nanging ratunipun botên kacêpêng sabab seda wontên ing paprangan.

Prabu Purusada lajêng mindha-mindha pandhita, ngêmis dhatêng Ratu Widarba (nyengkok nalika Sang Dasamuka mindha-mindha pandhita badhe ambradhat Dèwi Sitta). Ratu Widarba kenging kapikut. Sarêng sampun jangkêp satus, para ratu lajêng dipun caosakên dhatêng Bathara Kala, nanging sang bathara botên karsa dhahar, sabab, kirang miraos; kêpengin dhahar Ratu Ngastina, Prabu Sutasoma. Sang Purusada nglurug dhatêng Ngastina; para putranipun ratu ingkang sami ngungsi dhatêng Ngastina, sami prang kaliyan balanipun Prabu Purusada. Wasana Sang Sutasoma prang tandhing kaliyan Sang Purusada. Dangu-dangu, rèhne namung dipun tandhingi sabar, Ratu Ngastina kenging kabêkta dhatêng ngarsanipun Bathara Kala. Sarêng badhe dipun dhahar, aturipun sandika, anggêripun para ratu 100 sanèsipun sami dipun luwari.

Page 30: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Mirêng ingkang makatên punika, Bathara Kala rêna sangêt panggalihipun; Sang Purusada trênyuh manahipun dening lila-lêgawanipun Prabu Sutasoma, lajêng tobat, mantun nêdha ulam tiyang, tur para ratu ingkang 100 sami dipun luwari sadaya.

Sêrat Sutasoma punika ugi kadamêl kala salêbêting jumênêngipun Prabu Hayam Wuruk ing Majapait. Kaliyan sêrat Nagarakrêtagama inggih sêpuh sêrat Nagarakrêtagama.

Mênggh babonipun sêrat Sutasoma punika wontên ing tanah Indhu misuwur sangêt. Ing salêbêting sêrat Ramayana saha Mahabharata inggih wontên cariyos punika. Makatên ugi ing salêbêting kapustakan agami Budha.[4]

32. Parthayadnya, mawi sêkar

Sêrat punika, sanadyan botên mawi titimasa utawi botên nyêbut namanipun satunggaling ratu, nanging kêdah dipun papanakên wontên ing ngriki; awit têtêmbunganipun kêtawis bilih barakan kaliyan sêrat Arjunawijaya saha sêrat Sutasoma.

Makatên ugi filosofie-nipun inggih têrang manawi sêrat Parthayadnya punika tumut grupipun sêrat jaman Majapait têngahan dumugi akir. Mênggah ingkang dipun cariyosakên, lêlampahanipun para Pandhawa ing sasampunipun kawon main dhadhu; gancaripun makatên:

Sarêng para Pandhawa kawon anggènipun main dhadhu kaliyan para Korawa, para Pandhawa dipun siya-siya dening para Korawa. Sang Dropadi dipun wudani dening Sang Sakuni, dipun jambak kalarak wontên ing ngajêngipun para ratu ingkang sami pasamuwan wontên ing kadhaton Ngastina. Para Pandhawa lajêng kêdah nglampahi ukum bucal wontên satêngahing wana laminipun 12 taun.

Prabu Yudhisthira rêmbagan pundi ingkang badhe dipun dunungi. Sang Bima usul, prayogi ngamuk kemawon; pêjah gêsang sampun kantênan, botên amêmanjang wirang. Kêpanggihing rêmbag, Sang Arjuna kadhawuhan tapa. Sang Arjuna mangkat dhatêng rêdi Indrakila, mampir dhatêng patapanipun Bagawan Mahayani ing wana Wanawati. Sarêng sampun lumampah malih, Sang Arjuna wontên ing wana kêpanggih Dèwi Çri, wahyuning kraton Indraprastha, kesah saking kêdhaton, awit saking tindakipun Prabu Yudhisthira kirang prayogi. Sang Bathari Çri sagah wangsul dhatêng kadhaton anggêripun dipun rêksa ingkang sae. Dèwi Çri sasampunipun maringi pitêdah, lajêng muksa. Sang Arjuna lajêng kêpanggih kaliyan Bathara Kamajaya. Sang Arjuna dipun paringi wulang saha dipun ngandikani bilih badhe manggih pakèwêd saking danawa nama pun Nalamala, sirahipun tiga; satunggal sirah gajah, satunggal sirah danawa, ingkang satunggal malih sirah garudha. Sang Kamajaya sasampunipun dhawuh lajêng musna.

Dumugi sapinggiring talaga agêng Sang Arjuna saèstu kêpanggih danawa pun Nalamala. Danawa ngancap, Sang Arjuna samadi, lajêng katingal asarira bathara, danawa ajrih, lumajêng, nanging mawi ngancam bilih badhe mêdal malih mbenjing yèn sampun jaman Kaliyuga.

Sang Arjuna nglajêngakên lampah dumugi patapanipun Bagawan Wyasa (Abiyasa); ing sasampunipun matur yèn kautus ingkang raka Prabu Yudhisthira tapa dhatêng Indrakila,

Page 31: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Bagawan Wyasa maringi piwulang saha pitêdah prênahipun rêdi Indrakila. Sang Arjuna lajêng tapa wontên ing ngriku.[5]

Mênggah ingkang andamêl sêrat Parthayadnya punika botên kasumêrêpan. Nanging ing wiwitipun wontên têmbung ingkang sajak nama, inggih punika Sang Widnyatmaka; ungêl-ungêlanipun makatên:

Sang Widnyatmaka ring langö kawi wênang tuladana saguritnirèng sabha, têgêsipun: sang putus ing langêning kidung kêna ditiru kêkidungane dening wong akèh. Dados Widnyatmaka ing ngriki dede nama, namung têmbung wantah kemawon.

Kados ingkang sampun cêtha kasêbut ing cêkakaning cariyos, sêrat Parthayadnya punika prasasat botên wontên lampahanipun; namung lugu nyariyosakên Sang Arjuna mangkat tapa. Ingkang makatên punika kados sampun dados dhasaripun sêrat barakanipun. Kados ta: sêrat Arjunawijaya saha Sutasoma punika ingkang dipun dèkèkakên ing ngajêng piwulangipun, mawi dipun jèjèri lêlungid saha ngês-ngêsan. Amila lampahipun ing raos dhatêng ingkang maos inggih sajak kole-kole, nglèwèr.

Têmtunipun ing sêrat ingkang langkung sêpuh inggih wontên utawi kathah piwulangipun; nanging mêksa katingal bilih caritanipun punika taksih dados wos. Piwulangipun botên angglêbêg kados sêrat ingkang nèm-nèm. Wontên ugi panggenan ing salêbêting sêrat ingkang sêpuh ingkang karaos nglèwèr, kole-kole saking pajangging lêlungid, rêrênggan utawi piwulang; nanging panggenan wau sabageyan agêng katitik bilih punika sêsêlan utawi wêwahan enggal. Beda kaliyan sêrat-sêrat ingkang badhe kaaturakên ing ngandhap, punika pancèn mligi isi piwulang, dados botên mawi lakon. Inggih punika sêrat:

33. Nitiçastra, mawi sêkar

Piwulang ing sêrat punika kêthok-kêthok; ingkang kêrêp satunggal bab kamot ing satunggal pada, kados ta bab wisa:

Panyinauning kawruh iku wisa tumrap wong kang kêsèd, kêndho, ora dhêmên sinau.

Pangan kang ora ajur (ana ing jêro wêtêng) iku wisa, sabab anjalari lêlara.

Pakumpulan iku wisa tumrape wong mlarat, sauni-unine (ora ana sing nganggêp tur mung) ngrusêk-ngrusêki kuping.

Prawan ayu iku wisa tumrape wong tuwa jêmpo tur bodho; awit sapolah-tingkahe wong tuwa iku mung dadi gêthinging prawan mau.

Bab isi

Jun iku yên ora kêbak, (diindhit) banyune kocak-kacik; nanging yèn kêbak, antêng.

Sapi iku yèn swarane gêdhe, sêru, landhung, prêsane sêthithik.

Page 32: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Wong iku yèn rupane ala, akèh polahe, akèh rekane, akèh wicarane (supaya katona brêgas). Wong iku yèn kurang pangajaran, wicarane sora, kêncêng, ora ngenaki ati.

Bab kasagêdan

Emane wong sugih iku yèn dumadakan ora duwe kapintêran; isih ênom, rupane bêcik, waras, cêkake sarwa samêkta; nanging sarèhne ora duwe kawruh, ulate surêm ora gumêbyar, kaya kêmbang randhu alas, abang ambaranang ora ana ambune.

Ingkang sampun kalimrah, makatên salajêngipun. Ing Bali tuwin ing tanah Jawi, sêrat Nitiçastra punika namung wontên 10 pupuh isi 83 pada. Nanging ing Museum Jakarta wontên sêrat Nitiçastra ingkang isi 15 pupuh gunggung 120 pada.

Sêrat Nitiçastra punika sampun kêrêp kacithakakên mawi titêl: Nitiçastra kawi utawi Paniti çastra kawi. Ingkang sapisan kacithakakên dening P.P. ROORDA VAN EYSINGA mawi aksara Jawi mangsi abrit; jarwanipun mangsi cêmêng. Nitiçastra-Roorda van Eysinga punika ungêl-ungêlanipun risak sangêt; makatên ugi jarwanipun inggih babar pisan botên kenging dipun angge.

Nalika taun 1871 sêrat Nitiçastara Kawi kacithak malih saking dhawuhing Pamarentah Walandi. Dhapukanipun sêrat punika beda kaliyan sêratipun R. v. Eysinga. Nitiçastra 1871 punika mawi jarwa, surasa. Dene risaking ungêl-ungêlanipun botên kawon kaliyan Nitiçastra R.v.E. Wah malih Nitiçastra 1871 punika, wontên sêsêlanipun enggal. Inggih punika pupuh 1 pada 4, ingkang mungêl: ri wahyaning masa-kala enz. Pada 10 bcd, ingkang mungêl: yyan tapa subrata enz. Wontên malih ungêl-ungêlan sêsêlan enggal, ingkang misuwur sangêt wontên ing jaman klênik Jawi, inggih punika: sura sudira jayanikang rat syuh brastha têkaping ulah darmastuti; wontên ing pawicantênan saha wontên ing sêrat Witaradya pupuh 29 pada 3 saking wingking, [6]

dados: sura dira jayaningrat lêbur dening pangastuti. Tunggilipun sêsêlan taksih kathah.

Sêrat Nitiçastra cithakan 1871 punika babonipun cêtha: sêrat Nitiçastra COHEN STUART No 8. Sêrat punika kadhapuk kolom 3: kawi, jarwa, surasa. Dene sêratanipun, bilih kula botên kêlintu, tapak astanipun swargi R. NG. RANGGAWARSITA. Dados sêsêlan wau ugi kenging kakintên, Ranggawarsitan.

Wontên malih sêrat Nitiçastra cithakan ing Mardimulya, Ngayogyakarta, botên mawi taun. Ing tapihipun mungêl: Sêrat Nitiçastra, kabangun awit saking karsanipun prabu Surya Anyakrakusuma. Nanging punika sajatosipun sêrat Nitiçastra 1871 kacithak malih botên mawi dipun ewahi sakêdhik-kêdhika. Kaliyan malih: sasumêrêp kula, Prabu Surya Anyakrakusuma punika namanipun Sinuhun Sultan Agung ing Mataram. Punapa inggih Sinuhun Sultan Agung nyithakakên sêrat dhatêng Mardimulya. Yèn botên makatén, ingkang nyithakakên punika sumêrêpipun yèn punika bangunan Sultan Agung, kadospundi lan alandhêsan punapa. Bab punika kasumanggakakên dhatêng para maos.

Mênggah ingkang andamêl sêrat Nitiçastra punika, sajatosipun botên kasumêrêpan. Nanging bilih wujuding ungêl-ungêlan ingkang samangke taksih punika, damêlan kala jaman Majapait akir, kêtingal cêtha saking lêlewaning basanipun.

Page 33: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Ing sêrat Saridin nyariyosakên bilih sêrat Nitiçastra punika yasanipun Êmpu Widayaka aliyas Aji Saka. Pratelan punika mbotên pêrlu dipun galih; punika inggih namung omong-kosong kemawon. Ing samangke sêrat Nitiçastra isi 15 pupuh gunggung 120 pada sampun kacithakakên mawi aksara latin, saha pêrtalan ing basa Walandi lan katrangan sawatawis.[7]

Radi kêpanjangên anggèn kula ngaturakên bab sêrat Nitiçastra, awit sêrat punika wontên ing jaman Jawi, misuwur sangêt. Kala dèrèng wontên sêkolahan, wontên ing nagari Surakarta, dados ular-ularing agêsang Jawi, ingkang kaanggêp sae.

Ing samangke kula badhe ngaturakên sêrat sanèsipun, inggih punika sêrat.

34. Nirarthaprakrêta, mawi sêkar

Sêrat punika isi piwulang ngèlmu sêpuh utawi kasampurnan. Yèn ing basa Walandi dipun wastani mystiek. Kangge ngicipi isinipun, kula pêthikakên sakêdhik, têrus kasantunan ing basa Jawi jaman samangke, kados ing ngandhap punika. Sasampunipun nyariyosakên tiyang sae, lajêng nyariyosakên tiyang awon, makatên;

Ora mêngkono watêking wong lumrah; kang didokok ngarêp mung kang dadi sênênging atine dhewe. Watêke gêthing marang kapintêrane wong liya; kandhane: kapintêrane dhewe wis ora ana kang ngungkuli. Dosane dhewe gêdhe didhêlikake, diumpêt-umpêtake aja nganti kawruhan (ing liyan); nanging yèn wong liya sing luput, sanadyan mung sathithik diuthik-uthik, dikobrak-kobrakake. Lan manèh, sênêng atine yèn ngingêtake wong liya kataman ing susah. Mèri marang wong kang nêmu kabungahan, digolèk-golèkake luput supaya tiba ing kasangsaran. Moyoki wong ngibadah kang luhur budine, ditrêka-trêka gawe kapialan. Nêsu bangêt yèn dicacat, bungahe ngêntèk yèn dialêm.

Warna-warna ênggone nyamah marang wong; wong sing wis kasêbut bêcik atine dinyana-nyana (ala); ora nganggo taha-taha ênggone nacad marang wong kang dhêmên nindakake kautaman. Unine karo gêdhag-gêdhik lan angrèmèhake mêngkene; "Wong sing nggolèki Gusti Allah, kalayan niba tangi, mubang-mubêng (pikire), iku wong bingung, bodho; sangsalane dene durung wêruh ing sajatine".

Punika sakêdhik pêthikan saking sêrat Nirarthaprakrêta. Dene ingkang bab mystiek, cêkakipun sae sangêt, cêtha, gampil dipun ngrêtosi (ungêl-ungêlanipun).

Sêrat Nirarthaprakrêta punika kadamêl kala ing taun Çaka 1381 (1459 taun Masehi), wontên ing dhusun pradikan Kancana, sakidul Surabaya cakêt. Ingkang andamêl namanipun mbotên kasumêrêpan. Samangke sampun kacithakakên, mawi sêsorah saha prêtalan ing basa Walandi wontên ing Jubileum nummer 100-taun KON. INST. V.D.T.L. EN VKK. (1951).

35. Dharmaçunya, mawi sêkar

Sêrat punika ugi ngêmot piwulang filosofie saha mystiek, nanging ingkang andamêl sampun mbotên baud dhatêng basa Jawi kina, amila basanipun inggih sampun kathah ingkang risak.

Page 34: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Têmbung-têmbungipun ugi sampun kathah ingkang wangun enggal (wangun basa Jawi jaman samangke); guru-laguning sêkar kêrêp dipun tunjang kemawon.

Wosing myistiekipun kenging kula wastani mystiek (gunung) Mèru. Makatên cêkakanipun:

Bathara Siwah = Suwung

Sipatipun ingkang kasar awujud donya, kaanggêp wangun rêdi. / Yèn karingkês dados Mèru (rêdi Himalaya). / Yèn karingkês malih dados mèru (kados ing tanah Bali). / Yèn karingkês malih dados tiyang. //

Ing nginggil punika kasaripun.

Alusipun:

Bathara Siwah = Suwung

Sipatipun ingkang alus, inggih punika alusing donya. / Yèn karingkês, dados alusing rêdi Mèru. / Yèn karingkês malih dados alusing mèru / Yèn karingkês malih dados alusing manungsa. //

Racikan kalih ing nginggil punika nêdahakên bilih manusa punika sajatosipun jagat alit, sami kêrasukan ing alusing Bathara Siwah, kados dene jagat agêng.

Wontên ungêl-ungêlanipun ingkang sae. Jawinipun kados ing ngandhap punika:

Kapas iku dadi barang suwèk warna-warna. Ênggone seje-seje iku sabab saka digawe ing wong, banjur diarani cita, lurik, sêmbagi, katun, sapanunggalane. Wujud siji-sijine iku kang banjur dialêm: tanahe apik, wujude bêcik. Ora wêruh yèn iku mau sajatine kapas, kang digawe warna-warna dening wong.

Ingkang andamêl sêrat Dharmaçunya punika botên kasumêrêpan têrang. Nanging nyêbut nama Sang Malinatha (nama Indhu tulèn) sajakipun guru ingkang amêncarakên wêjangan punika.

Ing pungkasanipun wontên angkanipun taun (candrasangkala), saking moncèripun ngantos botên cêtha. Angkanipun 1000 cêtha, tiga (atusan) inggih cêtha, lajêng wontên têmbung Çruti = 4; punika punapa dasan punapa ekan, botên cêtha. Cêkakipun sêrat Dharmaçunya punika mawi angka taun, yèn botên 1304 inggih 1340 Çaka (1382 saha 1418 taun Masehi). Kangge pungkasanipun pangrêmbag bab sêrat-sêrat Jawi wiwit kina dumugi jaman Majapait, ing ngriki badhe kula aturakên sêrat.

36. Hariçraya, mawi sêkar

Sêrat punika dede piwulang kadosdene Nitiçastra, Nirarthaprakrêta saha Dharmaçunya; isinipun kados ingkang kathah-kathah sampun kaaturakên ing ngajêng, cariyos, lakon, pêndhêtan saking sêrat Uttarakandha. Gancaring cariyos makatên. Sang Mali, Sang Sumali, Sang Malyawan

Page 35: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

(danawa), sadhèrèk tiga, sami jumênêng ratu, sakalangkung kawasa. Kados adatipun, balanipun sami ngrisak patapan. Dangu-dangu Sang Mali sasadhèrèk badhe ngêndhih kaendran.

Bathara Indra saha para dewa bingung badhe nyuwun tulung dhatêng Bathara Siwah; Sang Hyang Siwah botên sagêd mitulungi; para dewa kadhawuhan nyuwun tulung dhatêng Bathara Wisnu; Bathara Wisnu tindak pêrang, Sang Mali kaliyan Sang Malyawan pêjah wontên ing paprangan; namung kantun Sang Sumali, lumajêng andhêlik dhatêng dhasaring sagantên.

Anggèn kula nutup bab sêrat Jawi kina ngangge sêrat Hariçraya punika sabab sêrat wau mawi titimasa sêngkalan mungêl: sad sanganjala candra = 1496 Çaka (1574 taun Masehi). Dene ingkang andamêl botên kasumêrêpan.

1. § Sarêng sampun kula jingglêng sayêktos, jêbul kathah panggenan ingkang sêsêlan, ingkang anggladrah, tur pêtêng suraosipun. 

2. § VERHAND. BAT. GEN., babak LIV. 3. § VERSPR. GESCHR., babak VII, kaca 231 dsl4. § Mariksanana KERN, VERSPREIDE GESCHRIFTEN, babak III, kaca 121 saha babak

IV kaca 149. 5. § Cêkakaning cariyos ing basa Walandi wontên ing TIJDSCHR. BAT. GEN., babak

LVIII. 6. § Manuscript BAT. GEN. No 649, kaca 95. 7. § BIBLIOTHECA JAVANICA, babak IV, 1933. 

 IV. THUKULIPUN BASA JAWI TÊNGAHAN

Sadèrèngipun kula ngaturakên sêrat-sêrat ingkang ngangge basa Jawi têngahan, kula badhe nêrangakên sakêdhik bab thukulipun basa Jawi têngahan wau. Ingkang dipun wastani basa Jawi têngahan punika grêbanipun basa Jawi ingkang wontên antawising basa Jawi kina lan basa Jawi ing jaman samangke; thukulipun kala mumbul-mumbulipun kraton Majapait.

Wondene sêrat-sêrat gancaran ingkang ngangge basa Jawi têngahan inggih punika:

37. Tantu Panggêlaran

Sêrat punika basanipun gancar. Sanadyan taksih sawatawis sêpuh, nanging mirid isinipun kenging kagolongakên dhatêng sêrat basa Jawi têngahan.

Mênggah ingkang dipun cariyosakên: Bathara Guru nitahakên manungsa wontên ing tanah Jawi, sajodho lajêng abêbranahan. Nanging taksih sami wuda, dèrèng sagêd wicantênan, dèrèng sagêd andamêl griya. Para dewa sami kadhawuhan tumurun dhatêng tanah Jawi, mulang dhatêng tiyang, supados sagêd wicantênan, ngangge sandhangan, damêl griya, prabot-prabot, sasaminipun.

Nalika samantên pulo Jawi dipun cariyosakên taksih gonjang-ganjing, dèrèng têtêp trêpipun. Bathara Guru lajêng dhawuh dhatêng para dewa ngusung rêdi Sêmèru saking tanah Indhu dhatêng pulo Jawi. Rêdi kapogog pucakipun lajêng kausung dhatêng tanah Jawi, dhumawah ing

Page 36: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

kilèn, tanah Jawi anjomplang, ingkang sisih wetan minggah. Rêdi lajêng kausung mangetan, samargi-margi cuwil dhawah dados rêdi Katong (Lawu), rêdi Wilis, rêdi Kampud (Kêlud), rêdi Kawi, rêdi Arjuna, rêdi Kumukus: pucakipun dados rêdi Sêmèru. Wiwit punika tanah Jawi sawêg têtêp trêpipun, botên menggang-menggung.

Wontênipun grahana ugi kacariyosakên. Mênggah cariyos ing nginggil punika sadaya ewah-ewahanipun cariyos ngêbur sagantên prêsan ing sêrat ADIPARWA (No 7) kasêbut ing nginggil.

Cariyosipun Bathara Wisnu tumurun dados ratu tanah Jawi sapisan, nama Sang Kandhiawan, lajêng pêputra: Sang Mangukuhan, Sang Sandhanggarba, Sang Katungmalaras, Sang Karungkala, Sang Wrêtikandhayun, ugi sampun kapratelakakên. Cariyos punika tumurun dhatêng sêrat-sêrat babad. Mèh sabên sêrat babad ingkang kintên-kintên nyariyosakên jaman punika, mêsthi mratelakakên Sang Kandhiawan saputranipun.

Anggènipun sêrat Tantu Panggêlaran kêtingal saya cêlak kaliyan sêrat babad, punika dene sampun nyêbut Mêdhang Kamulan, Mêdhang Tantu, Mêdhang Panataran saha Mêdhang Gana.

Wontên malih titikan bilih panganggêp ing Tantu Panggêlaran punika sampun mèh sami kaliyan panganggêpipun tiyang Jawi jaman samangke, dene Bathara Guru sampun dados ramanipun para dewa: Bathara Brahma, Wisnu, Içwara, Mahadewa, Çiwah sampun kaanggêp putranipun Bathara Guru.

Taksih kathah bab-bab ingkang kacariyosakên ing sêrat Tantu Panggêlaran, kêkathahên upami kapratelakna sadaya. Ing ngriki kula namung badhe mêthik cariyos ingkang sawatawis lucu. Jawinipun makatên:

Kocapa Êmpu Tapawangkêng kaliyan Êmpu Tapapalèt[1] ing satunggaling wêkdal sami wontên ing Daha. Êmpu Tapawankêng[2] nama Samêgêt Baganjing, nyambut (utang) laksa,[3] samados nyaur bilih sampun lingsir surya, nanging botên gadhah arta kangge nyaur. Srêngenge lajêng dipun ndhêg lampahipun, lajêng têrus manjêr botên lingsir-lingsir.

Ing dintên punika sang prabu sawêg pinuju siyam, botên dhahar yèn dèrèng lingsir, mangka botên lingsir-lingsir, sang prabu luwe sangêt, lajêng ngandika: "Apa sababe têka srêngenge ora lingsir-lingsir, aku luwe bangêt"; sang prabu utusan andangu: wangsulanipun Êmpu Baganjing "Aku isin mangsuli. Aku utang laksa, sêmaya yèn wis lingsir, nanging aku ora duwe dhuwit, mula srêngenge tak ndhêg "lakune". Sang prabu lajêng maringi arta kangge nyaur, srêngenge lajêng sêrap.[4]

Cariyos ngêndhêg srêngenge punika ing tanah Tibèt inggih wontên, sarta mèmpêr sangêt kaliyan cariyos ing Tantu Panggêlaran; Jawinipun makatên.[5]

Ing satunggaling dintên Sang Wiku Padmasambhawa[6] ngêlak sangêt, lumêbêt ing warung anggur lajêng ngunjuk sakatogipun kaliyan rencangipun. Sarêng kèngêtan bilih botên ambêkta arta, lajêng nêdha inah dhatêng ingkang sade, anggènipun ambayar mangke manawi srêngenge sampun lingsir. Ingkang sade suka, malah anglilani ngombe sakajênipun,[7] dalah sakancanipun. Nanging sang wiku lajêng ngêndhêg lampahing srêngenge ngantos pitung dintên pitung dalu

Page 37: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

têrus manjêr. Tiyang nagari sami bingung; ingkang sade anggur lajêng trimah botên dipun bayari, srêngenge angslup, tiyang-tiyang sami bingah, sabab sampun ngantuk sangêt, badhe sami tilêm.

Ingkang andamêl sêrat Tantu Panggêlaran punika sajakipun pandhita ing dhusun. Ingkang dipun cariyosakên namung alêlandhêsan dongèng-dongèng kala jaman samantên ingkang dipun mirêngi, amila kathah ingkang botên tumanja.

Sêrat Tantu Panggêlaran sampun kacithakakên mawi aksara latin, saha dipun prêtal ing basa Walandi, mawi katrangan moncèr sangêt dening DR TH PIGEAUD (Proefschrift, Leiden taun 1924).

38. Calonarang

Sêrat punika basanipun ugi gancar. Ingkang dipun cariyosakên:

Wontên satunggaling pandhita nama Êmpu Baradhah, gadhah anak èstri, nama Wedawati, wanci umur 11 taun, dipun tilar pêjah biyungipun. Sang Baradhah rabi malih, gadhah anak jalêr. Sang Wedawati botên bêtah tumut biyung kawalon, lajêng kesah dhatêng kuburanipun biyungipun, dipun jak mantuk botên purun. Ing kuburan lajêng dipun dêgi griya kangge Sang Wedawati kaliyan Sang Baradhah, sami dêdunung ing ngriku.

Nalika punika ingkang jumênêng ratu wontên ing tanah Jawi Prabu Airlangga. Wontên randha, nama Calonarang gêgriya ing dhusun Girah, gadhah anak prawan ayu, nama Ratna Manggali. Nanging botên wontên tiyang purun nakèkakên, awit sang randha misuwur yèn pandamêlipun awon rêmên nêluh tiyang. Sang randha manasi manahipun dene anakipun botên pajêng, lajêng masang têluh. Tiyang sanagari kenging sêsakit, sakit enjing, sontên pêjah, sakit sontên enjing pêjah.

Sang prabu nimbali para nujum, kadhawuhan mriksa punapa sababing sêsakit wau. Para nujum matur yèn saking pandamêlipun randha ing Girah. Sang prabu utusan punggawa ngrabasa dhatêng Girah, nanging prajurit kawon sadaya, kathah ingkang tiwas. Sêsakit saya andados. Êmpu Baradhah dipun pundhuti tulung sang prabu supados nyirnakakên sang randha. Êmpu Bahula, muridipun Sang Baradhah, kapurih nakèkakên Ratna Manggali, saèstu dados bojonipun. Salêbêtipun Êmpu Bahula wontên ing Girah, nyêpiyun marasêpuhipun; wasana kitabipun sang randha kenging kabêkta dening Êmpu Bahula, kaaturakên dhatêng Êmpu Baradhah. Êmpu Baradhah lajêng tindak dhatêng Girah, sang randha dipun lèh-lèhakên ing pandamêlipun awon, têmahan sang randha dipun pêjahi dening Êmpu Baradhah; sêsakit lajêng sirêp, ical babarpisan.

Prabu Airlangga karsa badhe amandhita, putranipun kalih badhe kajumênêngakên ratu sadaya; satunggal wontên ing tanah Jawi, satunggilipun wontên ing pulo Bali. Sang Baradhah kautus dhatêng Bali mundhut lilah dhatêng pandhita ing Bali, nama Êmpu Kuturan. Êmpu Kuturan botên nyukani lilah, wasana tanah Jawi lajêng kapalih. Ingkang sapalih dipun paringakên putra sêpuh, ingkang sapalih kaparingakên putra ingkang nèm. Sang prabu sêpuh lajêng amandhita, ajêjuluk Sang Jatiningrat. Nalika Êmpu Baradhah tindak dhatêng Bali, punika anggènipun nyabrang supitan Banyuwangi numpak ron kluwih satunggal. Sarêng wangsulipun ugi badhe

Page 38: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

makatên malih, nanging ron kluwih dipun tumpaki pijêr kêlêm-kêlêm kemawon; Sang Baradhah kala waunipun kêsupèn botên pamitan dhatêng Êmpu Kuturan; sarêng wangsul pamitan, lajêng sagêd nyabrang mangilèn, numpak ron kluwih malih. Dangu-dangu putranipun Prabu Airlangga kalih punika pêrang rêbatan watês. Êmpu Baradhah kadhawuhan misah, lan nêtêpakên watês ing karajan kalih wau.

Dongèng pandhita nyabrang sagantên numpak ron, punika ing Tibèt ugi wontên. Sang Nagarjuna, pandhita ingkang ngêdêgakên agami Budha Mahayana, punika nyabrang sagantên dhatêng pulo têbih saking tanah Indhu ugi numpak ron. Wangsulipun dhatêng tanah Indhu inggih numpak ron malih.[8]

Anggènipun Êmpu Baradhah malih tanah Jawi saha dhatêng ing Bali napak toyaning sagantên punika ugi kasêbut wontên ing sêrat Nagarakrêtagama pupuh 68 pada 1, 2 lan 3.

Sêrat Pararaton ugi nyariyosakên bilih Dhanghyang Lohgawe punika dhatêngipun ing tanah Jawi saking tanah Indhu numpak roning kêkatang têlung tugêl.[9]

Mênggah ingkang andamêl sêrat Calonarang punika botên kasumêrêpan, sarta malih kadamêl kala punapa inggih botên cêtha; namung bilih damêlan kala jaman basa Jawi têngahan, punika kenging dipun têmtokakên.

Cariyos Calonarang sampun kacithakakên mawi aksara latin saha prêtalan ing basa Walandi wontên ing BIJDRAGEN KON. INST. V. NED. IND. taun 1926 ingkang basa Jawi jaman samangke kacithak ing Balai Pustaka.

39. Tantri Kamandaka

Sêrat punika nyariyosakên dongèng kewan, kadosdene sêrat Kancil. Mênggah babonipun sêrat wau nama sêrat Pancatantra, basa Sanskêrta asli saking tanah Indhu. Nanging anggènipun dumugi ing tanah Jawi sampun wiwit kina.

Wontên bedanipun sakêdhik kaliyan sêrat Pancatantra, inggih punika wiwitanipun. Yèn sêrat Pancatantra punika ingkang kangge wiwitan nyariyosakên satunggaling ratu ingkang kagungan putra bodho-bodho sangêt, lajêng kadhawuhan mulang dening satunggaling pandhita, sarana dipun caritakakên dongèng kewan-kewan wau. Yèn sêrat Tantri Kamandaka punika wiwitanipun kados cariyos 1001 dalu: Wontên ratu ingkang sabên dalu krama angsal prawan tulèn. Satunggaling wêkdal, prawan ing nagari sampun têlas, kantun putranipun sang patih, nama Dyah Tantri; punika sadèrèngipun kadhawuhan ngladosi sang prabu nyuwun lilah badhe carita rumiyin. Sang prabu nglilani. Sarêng cariyosipun sampun têlas, saking saenipun, sang prabu mundhut dipun caritakakên malih, makatên salajêngipun, sang putri botên saèstu ngladosi; malah sang prabu lajêng mantun anggènipun kagungan karsa krama sabên dalu. Kathah sangêt cariyosipun ing sêrat Tantri Kamandaka wau. Ing ngriki namung kula pêndhêtakên cariyos ingkang pungkasan, makatên:

Wontên satunggaling ratu binathara ajêjuluk Prabu Aridarma. Ing satunggaling dintên sang prabu tindak ambêbêdhag dhatêng wana, uninga wontên putri naga sawêg untêl-untêlan kaliyan sawêr

Page 39: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

rucah. Sang prabu ngandika ing salêbêting panggalih: "Êlo, dene ala tênan lakumu. Nagini, kowe iku rak putri naga, têka ora gênah karo ula rucah. Iku jênênge ngrusak tataning kawangsan; kang mangkono iku laku kang ora pantês. Aku ora bisa nyelaki kawajibanku, awit aku kang dadi ratuning kawula. Apa ta têgêse? Laku kang mangkono iku kliru". Makatên pangandikanipun sang prabu, sawêr rucah lajêng dipun pêjahi, putri naga dipun gitik dening sang prabu. Putri naga mantuk, sakit manahipun, matur dhatêng ingkang rama sang naga raja, anggènipun matur kaliyan muwun.

Sang naga raja andangu: "Ana apa nggèr kok nangis?"

Sang putri naga mangsuli: "Ana ratu, rama, jênênge Maharaja Aridarma, iku ambêbêdhag mênyag[10] alas. Barêng wêruh aku, mandêng wae, aku banjur dibujuk, nanging aku ora gêlêm. Saking dêrênge, aku arêp digrêjêg, aku mlayu, banjur dioyak, aku digêbug, dilarani, mulane aku nangis".

"Wis mênênga nggèr, êntènana wae sêdhela, Prabu Aridarma tak patènane, wis aja bingung atimu".

Botên dangu sang naga raja mangkat dhatêng kadhatonipun Prabu Aridarma, mindha-mindha brahmana. Sarêng sampun dumugi salêbêting kadhaton lajêng malih naga malih, sarta sariranipun kadamêl alit sangêt, lajêng andhêlik wontên sangandhaping pasareyan.

Ing nalika punika sang ratu sawêg sasarean kaliyan ingkang garwa nama Dèwi Mayawati, sang prabu katingal sajak èmêng ing panggalih; Dèwi Mayawati matur: "Sinuwun, kadingarèn sang prabu têka botên kados sabênipun".

Sang prabu mangsuli dhatêng garwa: "Dhèk mau, dhèk aku ambêbedhag mênyang alas mau, aku wêruh putri naga, lakune ora gênah. Apa ana, untêl-untêlan karo ula rucah. Polah mangkono iku rak ora pantês. Kayadene brahmana wadon laki karo wong sudra, iku rak gawe rusaking bumi. Ngrusak tataning kawangsan, iku jênênge. Bênêre rak iya laki antuk brahmana. Upama putri naga mau dudu putrane naga raja, polahe mau iya ora dadi ngapa. Barêng awake putri naga, laki olèh ula rucah, iku ora pantês. Mulane si ula rucah banjur tak patèni, dene si putri naga, tak gitik, dhèk mau". Makatên pangandikanipun sang prabu.

Sang naga raja, ingkang wontên ing ngandhap pasareyan, mirêng lajêng anggalih: "Êlo, jêbul anakku dhewe, sing ora gênah tingkahe, e la ala bangêt, Si Nagini. Dadi sang prabu iku pancèn ratu utama, têmên-têmên ênggone dadi ratu, ngilangi rêrêgêding jagat, nyirnakake kang ala watêke". Makatên panggalihipun sang naga raja, lajêng mêdal saking ngandhap pasareyan, wangsul awujud brahmana malih.

Sang pandhita dipun bagèkakên dening sang prabu, mangsuli atur mrak-ati: "Kula punika bapakipun naga èstri, ingkang paduka gêbag kala wau, saking anggènipun atindak awon. Pancèn sang prabu wajib ngukum, bilih wontên ingkang lampah kirang prayogi. Saking lêganing manah kula, sang prabu kula aturi mundhut dhatêng kula, punapa ingkang dados kaparêng paduka".

Page 40: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Sang prabu mangsuli: "Kula kêpengin sumêrêp pawicantênaning kewan sadaya, sagêda mangrêtos".

Sang naga raja ngandika: "Prayogi sinuwun, sampun sumêlang, badhe kula caosi; nanging janji kula, kawruh wau botên kenging kasukakakên dhatêng tiyang sanès. Sang prabu tamtu seda, bilih nyukakakên kawruh wau dhatêng tiyang sanès". Sang prabu lajêng dipun wêjang; ing sasampunipun, sang naga raja wangsul kondur dhatêng dhasaring bumi.

Prabu Aridarma kantun wontên ing kadhaton. Ing satunggaling dintên sang prabu sêsareyan malih kaliyan ingkang garwa, Dèwi Mayawati. Wontên cêcak èstri wontên ing nginggilipun sareyan sang prabu, angunandika: "Adhuh kêpengin têmên aku iki dingungrum kaya pangungrume sang prabu marang garwane; ora kayaa têmên awakku dikèwèr ing bojo, ora didhêmêni tur ora ditunggoni. E, tobat rêmên têmên sang prabu, kuwi marang garwane". Makatên pangunandikaning cêcak èstri.

Sang prabu mirêng, gumujêng mèsêm, sang dèwi matur; "Dhuh sinuwun, kok radi sumêlang manah kula. Ingkang paduka gêgujêng wau punapa?"

"Ora yayi, iya mung angguyu bae". Makatên wangsulanipun sang prabu botên karsa ngandikakakên sayêktosipun.

Dèwi Mayawati matur malih: "Botên sinuwun, kula nyuwun sumêrêp".

"Aja yayi, aku mati yèn kandha mênyang kowe".

Sang dèwi mangsuli: "Inggih sampun, sinuwun, kula aluwung pêjah piyambak, yèn botên paduka ngandikani sajatosipun".

“Iya ta yayi, yèn kowe kudu njaluk tak kandhani, kon gawe tumangan dhisik, tak nggone obong. Wis akona gawe tumangan, panggungan sapirantine sajèn-sajèn. Para punggawa konên".

Sarêng tumangan sampun rampung, Sang Prabu Aridarma lajêng paring sidhêkah dhatêng para pandhita, para brahmana saha para rêsi. Donya raja brahmana sakadhaton dipun kuras, kaparingakên kangge sidhêkah. Ing salêbêtipun latu tumangan murub mubal-mubal, sang prabu sakalian garwa, Dèwi Mayawati, minggah panggungan akanthèn asta. Ing salêbêtipun sang prabu sakalian wontên ing nginggil panggungan wontên menda kalih, jalêr èstri, mêdal saking grumbul. Ingkang èstri nama Wiwitan, ingkang jalêr Banggali. Menda sami nyêlak dhatêng tumangan, ingkang èstri wicantên: "Pakne thole, aku mbok ya kok jukukake janur kuning sandhing tumangan kae, arêp tak pangan, bèn sêgêr ênggonku nyidham. Wis ta gage jupukna".

Menda jalêr mangsuli: "Kowe ki piye ta, apa ora ngêrti yèn angèl. Galo kae ta ingêtna, sing padha jaga, padha ngubêngi pangobongan, padha nggawa gêgaman, ana towok, pêdhang lan tumbak. Arêp dadi apa kowe".

Menda èstri mangsuli: "Elo, dadi yèn ngono kowe ki ora dhêmên nyang aku. Iya wis luwung matiya aku yèn ora kêtêkan sing dadi karêpku".

Page 41: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Menda jalêr wicantên: "Mati ya matiya kono, susah-susah apa aku; yèn kowe mati ya rabi manèh ta! Ora sudi aku kaya Prabu Aridarma nuruti kandhane garwane. Ora gêlêm aku kaya ngono. Kaya ngono kuwi rak dudu wong lanang prawira. Yèn wong lanang utama, bojone, dhêmên, sokur, ora ya wis. Gilo aku ki lo, sing sipat kewan wae, ora gêlêm kaya ngono kuwi, sirmu aku rak kok kon nurut karêpmu ta?"

Makatên wicantênipun pun Banggali, anggènipun ngungêl-ungêlakên èstrinipun. Prabu Aridarma mirêng lajêng, dhat, èngêt, ngandika salêbêting panggalih: "E bênêr bangêt kandhane wêdhus lanang kuwi; aku ki asor yèn kaya ngene iki; karo wêdhus wae kalah mangêrti. Wong pancèn ora patut, kandhane wêdhus wadon iku". Sang prabu lajêng rumaos: "Sing sipat kewan wae ora gage-gage nuruti unine sing wadon; mangka aku iki ratu gêdhe; yèn aku kalah karo wong wadon, gèk sing arêp ngajèni nyang aku wae sapa. Si Banggali iku wêdhus èlèk wae ora gêlêm nuruti karêpe sing wadon". Makatên pangunandikanipun sang prabu.

Sasampunipun makatên sang prabu lajêng tumêdhak saking panggungan, anggêga dhatêng wicantêning menda pun Banggali, botên saèstu seda obong. Dene dana ingkang sampun kaparingakên, inggih saèstu lajêng kaparingakên, minangka wilujênganing sariranipun sang prabu, saha têtêping kaprabonipun. Sang Dèwi Mayawati saèstu ambyur ing latu, menda èstri ugi lumêbêt ing latu.

Wontênipun kula mêthik cariyos ingkang radi panjang, punika anggampilakên anggèn kula badhe ngaturakên sêrat sanèsipun, mangke ing wingking.

Ing salêbêting sêrat Tantri Kamandaka, punika wontên sawatawis sêsêlanipun ungêl-ungêlan Sanskêrta, salong taksih kenging kalêrêsakên, salong botên. Mirid punika sêrat wau kaanggêp kalêbêt sêrat Jawi kina gancar ingkang golongan sêpuh. Nanging mênggah wujudipun ing samangke, namung sagêd kagolonganakên[11] dhatêng sêrat-sêrat, ingkang ngangge basa Jawi têngahan.

Sêrat Tantri Kamandaka sampun kacithah dados buku: BIBLIOTHECA JAVANICA babak 2, mawi prêtalan ing basa Walandi, dening DR C. HOOYKAAS.

40. Korawaçrama

Sêrat punika basanipun ugi gancar. Dhapukanipun kareka kados sêrat-sêrat gancar ingkang sampun kaaturakên ing nginggil; Adiparwa, Wirathaparwa, sasaminipun. Nanging kenging dipun têtêpakên bilih sêrat punika barakanipun sêrat Tantu Panggêlaran, malah radi ênèm malih. Tandhanipun, kajawi lêlewaning basa, kathah bab-bab ingkang pêndhêtan saking sêrat Bharatayuddha. Tantu Panggêlaran lan sanès-sanèsipun; anggènipun mêndhêt wau sajak namung saking pamirêng kemawon.

Wontên malih ingkang cêtha dados tandha bilih sêrat Korawaçrama langkung ênèm tinimbang sêrat Tantu Panggêlaran, inggih punika sêrat Korawaçrama nyêbut Sang Hyang Taya, sampun kadèkèkakên sanginggilipun Sang Hyang Paramèswara (Bathara Guru). Nama taya punika têmbung Jawi lugu, têgêsipun ora ana, ing basa Sundha teu aya. Inggih punika nama ingkang kanggê ngancêr-ancêri Gusti Allahipun tiyang Jawi tulèn. Saminipun Sang Hyang Wênang, Sang

Page 42: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Hyang Tunggal; punika inggih têmbung Jawi lugu, ingkang têgêsipun sampun cêtha, tur pantês sangêt kangge namanipun ingkang Kawasa.

Kenging dipun kintên-kintên, nalika mumbul-mumbulipun jaman Jawi Indhu, Gusti Allahipun tiyang Jawi tulèn kadhêsêk dening Gusti Allahipun tiyang Indhu, inggih punika Bathara Mahadewa. Paramèçwara utawi nama sanèsipun, ingkang lajêng dados Bathara Guru. Sarêng daya Indhu dangu-dangu saya suda, Gusti Allahipun tiyang Jawi tulèn muncul malih kadèkèk wontên sanginggilipun Bathara Guru. Mangke yèn sampun jaman Sêlam, Bathara Guru, Sang Hyang Tunggal utawi Sang Hyang Wênang wau kadèkèk wontên sangandhapipun Nabi Adam. Punika lampahipun bab panganggêpipun tiyang Jawi jaman samangke dhatêng dewa-dewa wayang saha Sang Hyang Wênang, Tunggal, Taya, lan namanipun ingkang sanès.

Wontên malih tandhanipun bilih sêrat Korawaçrama punika ênèm; ukara-ukara Sanskrêta ingkang dipun sêsêlakên wontên ing ungêl-ungêlan Jawi kina, punika namung ethok-ethokipun kemawon basa Sanskrêta. Sajatosipun basa Sanskrêta damêlan Jawi, mawi kacampuran basa Jawi lugu. Kados ta wontên bageyan ingkang nama Wyasa Lawada, têgêsipun, Bagawan Abiyasa tuwi; têmbung lawada punika têmbung Jawi tulèn; lawad = tilik dipun Sanskrêtakên dados lawada. Taksih wontên malih tunggilipun ingkang kados makatên punika.

Mênggah isinipun sêrat Korawaçrama punika warni-warni sangêt, rekanipun bab filosofie tuwin sanès-sanèsipun. Nanging wosipun para Korawa badhe kadamêl malês ukum dhatêng para Pandhawa. Bagawan Abiyasa dipun aturi anggêsangakên para korawa sakancanipun, sampun sami gêsang malih; nanging dèrèng ngantos malês ukum, sêratipun sampun têlas.

Sêrat Korawaçrama ing samangke sampun kacithakakên mawi aksara latin, dipun rêmbag sawatawis moncèr saha dipun prêtal ing basa Walandi dening DR J. L. SWELLENGREBEL (Proefschrift, Leiden 1936).

41. Sêrat Pararaton

Sêrat punika basanipun ugi gancar. Ingkang sapalih ngajêng wosipun nyariyosakên lêlampahanipun Kèn Angrok lair ngantos dumugi ajalipun. Dipun cariyosakên, Kèn Angrok punika wiwit dèrèng lair sampun nama lare anèh. Sarêng sampun agêng, dados tiyang awon sangêt, wasana lajêng sagêd jumênêng ratu wontên ing Tumapêl, ingkang lajêng nama Singasari; jêjulukipun, Prabu Ranggahrajasa, mawi kadosdene sêsêbutan makatên: Sri Girindratanayaja.

Kèn Angrok punika kenging dipun wastani ingkang cikal bakal para ratu ing Majapait. Amila sêrat Pararaton ingkang sapalih wingking inggih anggêlarakên kawontênanipun kraton Majapait wiwit dumados ngantos mèh risakipun. Ingkang dipun pratelakakên sawatawis panjang, kajawi Kèn Angrok inggih punika Radèn Wijaya, wiwit kasangsara ngantos dumugi jumênêng Ratu Majapait ingkang kapisan. Sanadyan pratelan ing sêrat Pararaton kathah ingkang kenging dipun pitados, nanging manawi katandhing kaliyan sêrat Nagarakrêtagama, sêratan sela utawi têmbagi ing jaman Majapait, kathah ingkang botên mitadosi. Amila ing samangke aosipun inggih suda sangêt katimbang kaliyan kala sawêg dipun dalakên enggal-enggalan.

Page 43: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Sêrat Pararaton punika sampun kacithak kaping kalih, mawi aksara latin saha prêtalan ing basa Walandi lan pangrêmbag moncèr sangêt dening DR BRANDES. Ingkang sapisan wontên ing VERHANDELINGEN BAT. GEN. babak 49, ingkang kaping kalih wontên idem deel 62, mawi ewah-ewahan saha wêwahan dening PROF. DR KROM.

Prêtalan ing basa Jawi jaman samangke inggih sampun wontên kadamêl dening R. M. MANGKUDIMEDJA, nanging namung prêtalan sangêrtosipun; saha kawêdalakên dening Balai Pustaka.

1. § Dados Palèt ing wayang gêdhog. 2. Tapawangkêng 3. § Kaprêtal dening DR PIGEAUD: 1000: kajêngipun laksa ing ngriki têtêdhan utawi

inuman. Ing Jakarta taksih wontên têtêdhan nama laksa, kados kare. 4. § DR. TH. PIGEAUD (Proefschrift, Leiden, taun 1924), kaca 118. 5. § THE BUDDHISM OF TIBET OR LAMAISM WITH MYSTIC ETC CULT,

SYMBOLISM AND MYTHOLOGY dening L. AUSTINE WADDELL, M. B. London 1895 kaca 382

6. § Sang Wiku Padmasambhawa punika agaminipun Budha Mahayana, ingkang wiwitan nglêbêtakên agami wau dhatêng tanah Tibèt. 

7. sakajêngipun 8. § MYTHOLOGIE DES BUDDHISMUS IN TIBET UND DER MONGOLEI, VON

ALBERT GRUNWEDEL, Leipzig 1900 kaca 31. 9. § PARARATON, cithakan ingkang kaping kalih, kaca 12. 10. mênyang 11. kagolongakên 

V. KIDUNG BASA JAWI TÊNGAHAN

Mênggah thukulipun basa Jawi têngahan punika lampahipun, ing pangintên, makatên:

Basa Jawi kina ingkang kangge wontên ing sêrat Ramayana, Arjunawiwaha, Bharatayuddha sasaminipun, punika kanggenipun ing pawicantênan, mandhap-mandhapipun namung dumugi jaman ngajêngakên adêgipun kraton Singasari. Sasampunipun punika tiyang wicantênan sampun wiwit nglèrèg dhatêng basa Jawi têngahan. Sarêng wontên ing jaman Majapait, basa Jawi têngahan sampun dados basa padintênan, basa umum. Namung ing kidung, para bujangga taksih nglajêngakên basa ingkang kangge wontên ing sêrat-sêrat. Inggih punika awujud sêrat Nagarakrêtagama, Arjunawijaya, lan sabarakanipun.

Ing sajawining kapujanggan saha mbokmanawi sajawining golonganipun para luhur, basa Jawi kina sampun awis ingkang mangrêtos. Dados sêrat Arjunawijaya, Sutosoma sasaminipun, punika namung mligi dados waosanipun para ahli sastra. Tiyang alit sampun botên wontên ingkang mangrêtos. Pandhêsêking basa Jawi têngahan, kala jaman Majapait botên kenging dipun sayuti. Parentah, ingkang adatipun wontên ing sêratan sela tuwin têmbagi ngangge basa kina, kêpêksa ngangge basa umum wontên ing undhang-undhang sasaminipun. Bab punika pasaksènipun,

Page 44: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

sêratan têmbagi, jaman Majapait ingkang ngangge basa Jawi têngahan.[1] Ingkang makatên punika nêdahakên bilih basa umum wau lajêng dados basa paprentahan.

Lampahing sêrat waosan kadospundi? Inggih sami kemawon. Tiyang kathah sampun botên sagêd maos kêkidungan, ingkang gampil dipun ngrêtosi tiyang. Dene pasaksènipun: thukulipun sêrat waosan basa gancar, ingkang sampun kaaturakên ing nginggil: Sêrat Tantu Panggêlaran: Calonarang, Pararaton lan sanès-sanèsipun.

Thukulipun kêkidungan ingkang ngangge basa umum punika sarêng kaliyan jumêdhulipun sêkar macapat.[2] Kadospundi tuwuhipun saha saking pundi dhatêngipun sêkar macapat wau, punika ing samangke dèrèng kasumêrêpan babarpisan. Nanging bilih jumêdhul sarêng kaliyan kêkidungan basa Jawi têngahan, punika kenging dipun têmtokakên.

Wontên ugi kêkidungan basa Jawi têngahan ingkang nglêstantunakên sêkar agêng, sêkar kawi; nanging pathokaning guru lagu sampun botên dipun têtêpi, awit ing jaman punika nêtêpi lampahing guru lagu sampun angèl sangêt. Ingkang dipun pêndhêt namung cacahing wanda ing dalêm sapada lingsa.

Sêrat ingkang kados makatên punika kula sawêg mrangguli kalih; inggih punika sêrat Dewaruci lan sêrat Suluk Sukarsa, ingkang badhe kula aturakên ing ngandhap:

42. Dewaruci, mawi sêkar.

Sêrat Dewaruci ingkang samangke pinanggih sêpuh piyambak, punika namung ngêmot:

Sang Bima mangkat dhatêng sagantên; rêrêngganing samudra (sajak sêsêlan enggal); sang radèn anggêbyur sagantên, wêdaling naga nama sang Nabatmawa, lajêng prang kaliyan Sang Bima, naga pêjah. Rêrêngganing pulo dunungipun Sang Dewaruci (sajak sêsêlan enggal), Sang Bima dumugi ing ngriku pinanggih Sang Dewaruci; bantah sawatawis, Radèn Wrêkudara lajêng kadhawuhan lumêbêt ing guwa-garbanipun Sang Dewaruci, uninga warni-warni lajêng dipun wêjang. Dumugi samantên sêratipun pogog.

Ing nginggil sampun kaaturakên; sanadyan sêrat Dewaruci punika ngangge basa Jawi têngahan, nanging dhapukanipun taksih nglêstantunakên cara kina, ngangge sêkar agêng ingkang sampun nilar guru lagu. Kados ta pupuh ingkang wiwitan punika sêkaripun çloka tanpa guru lagu, lampahipun wolu-wolu kaping sêwakan,[3] kados ing ngandhap punika:

Sore kala tiba nglalu, sahira saking nagara / manuk dokan lawan darès, manambêr lwir ananggêhi, / titis sunya têngah wêngi, musthika munya gêneya / sawang awarahèng patinika durgamaning awan, / rawa desa kalintangan, dènira sang anirbaya / anut ujungikang wukir, lumampah maliwat awan. //

Makatên salajêngipun. Yèn dipun santuni ing basa Jawi ing jaman samangke makatên:

Wanci sore surup surya, tindake saka nagara / manuk bêluk karo darès, nyambêr kaya anyandhêti / sidhêm sêpi têngah wêngi, rijal[4] muni kidul kulon / pakewuhing marga kaya warah sedane

Page 45: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Sang Bima. / rawa desa kaliwatan dènira sang tanpa wêdi. / lampahe turut ing marga, anut gigiring parwata. //

Pupuh ingkang angka 4 punika lampahipun 4, 8 kaping sakawan, kados ing ngandhap punika:

Bagya ta kita Bima mapa gatinta. / lumawad ing ulun mardika kasyasih. / nusa sunya tanpa manggih pala boga. / sumurupa ing sunya mintarèng rajya. //

Suraosipun:

Bageya kowe Bima, apa pêrlumu tilik marang aku, wong loncang-lancing ana ing pulo sêpi ara ana wowohan pêpanganan.

Apa kowe arêp dumunung ing asêpi dene lunga saka nagara?

Sêkar ing nginggil cakêt punika kula botên sumêrêp namanipun nanging kathah sangêt kanggenipun wontên ing sindhenan badhaya ing kraton dalêm Surakarta. Kados ta:

Bale atma tunjung alit sinaroja. / lamun kangên tumutur pundi parannya. //

Ingkang andamêl sêrat Dewaruci, punika botên kasumêrêpan. Sarta plêngipun kala punapa, inggih botên cêtha. Namung mirid basanipun, sampun sawatawis ênèm.

Sêrat basa Jawi têngahan ingkang ngangge sêkar macapat[5]

Sampun kaaturakên, sêrat basa Jawi têngahan ingkang ngangge sêkar macapat, punika ing sakawit thukulipun namung dlêmok-dlêmok; sarta kêkidunganipun inggih kirang sae. Ingkang prayogi kangge conto bab punika:

43. Sêrat Sudamala.

Sêrat punika ingkang dipun cariyosakên lampahan wayang, gancaripun kados ing ngandhap punika:

Sang Hyang Tunggal kaliyan Sang Hyang Wisesa adul-adul dhatêng Bathara Guru, bilih Dèwi Uma cidra ing laki. Bathara Guru duka, Dèwi Uma, ingkang warninipun ayu sangêt, dipun sotakên dados Bathari Durga, awarni danawa èstri; mawi dipun dhawuhi bilih ingkang badhe ngruwat, wuragiling Pandhawa nama Sang Sadewa. Bathari Durga lajêng dêdunung wontên ing Setra Gandamayu, dados pangagênging lêlêmbat.

Wontên gandarwa kalih, nama Sang Citrasena kaliyan Sang Citranggada, sami kalêpatan anggènipun sêmbrana nalika Bathara Guru sawêg siram kaliyan garwa, wontên ing sêndhang. Widadara kalih dipun sotakên dados danawa, nama Kalantaka lan Kalanjaya, lajêng suwita dhatêng Prabu Duryodana.

Page 46: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Wartosipun bilih para Korawa angsal sraya danawa kalih sakalangkung sakti, punika waradin dumugi kawulanipun para Pandhawa. Dèwi Kunthi ugi mirêng, sakalangkung maras panggalihipun. Saking bingungipun sang dèwi nênêpi dhatêng Setra Gandamayu, dipun panggihi Bathari Durga. Sarêng Dèwi Kunthi nyuwun pêjah-gêsangipun danawa kalih wau, lajêng dipun dhawuhi, bilih kaparêngakên, anggêripun Dèwi Kunthi karsa ngaturakên menda abrit (kajêngipun ing ngriki tiyang Jawi) satunggal. Dèwi Kunthi nyagahi, nanging sarêng Bathari Durga mastani Sang Sadewa, Dèwi Kunthi botên sagah lajêng pamitan mundur.

Sarêng Dèwi Kunthi sampun kesah, pun Kalika, setan èstri, katimbalan Bathari Durga, kadhawuhan, nututi saha nyurupi Dèwi Kunthi. Dèwi Kunthi kasurupan kados gêrah ewah, wangsul sowan Bathari Durga, nyagahi pamundhutipun, lajêng kondur dhatêng kadhaton.

Para putra sami mapagakên, mêntas bingung sabab ingkang ibu botên kantênan purugipun; samangke sampun sami suka. Sang Kunthi tanpa antan-antan mundhut Sang Sadewa badhe kaaturakên Bathari Durga. Yèn para Pandhawa botên ngaturakên, badhe dipun sapatani. Sang Sadewa lajêng dipun larak dening Dèwi Kunthi kabêkta dhatêng Setra Gandamayu. Sasampunipun ngaturakên Sang Sadewa dhatêng Bathari Durga, Sang Kunthi kondur dhatêng kadhaton lajêng sare; pun Kalika mêdal saking sang dèwi têrus dhatêng Setra Gandamayu.

Radèn Sadewa dipun rut kaliyan wit randhu alas. Kalika dhatêng, sagah nguculi tangsul, yèn Sang Sadewa karsa dhatêng pun Kalika. Tangsul saèstu dipun uculi, nanging Sang Sadewa puguh botên karsa mituruti kajêngipun pun Kalika. Kalika lajêng nêsu, nabuh têngara; sawarninipun ingkang anggêgilani mêdal sadaya, klabang, kalajêngking saha sawarnining mêmêdi, anggodha Radèn Sadewa. Sang radèn ayêm kemawon.

Sasampunipun makatên Bathari Durga miyos, mundhut tulung dhatêng Sang Sadewa supados ngruwat. Sang Sadewa matur botên sagêd. Sang dèwi duka, Sang Sadewa dipun agar-agari badhe kadhahar. Sang radèn mêksa kèndêl kemawon.

Bagawan Narada nganglang, uninga yèn Sang Sadewa badhe dipun pêjahi dèrèng mangsanipun, lajêng cêngkelak, wangsul dhatêng swarga pratela dhatêng Sang Hyang Madewa, ing kawontênanipun Sang Sadewa; Sang Hyang Madewa botên purun (wani) ngrêbat Sang Sadewa, lajêng sowan kaliyan Sang Narada dhatêng ngarsanipun Bathara Guru. Bathara Guru sagah ngrêbat; tumêdhak dhatêng Setra Gandamayu, lajêng dhawuh dhatêng Sang Sadewa: "Ruwatên, Sadewa, Bathari Durga, aku tak sumurup marang kowe". Sarêng Bathara Guru sampun sumurup dhatêng Sang Sadewa, Sang Sadewa lajêng wicantên dhatêng Bathari Durga: "Bathari, paduka kula aturi jumênêng ingkang jêjêg". Sang bathari miturut, wasana sanalika ngriku warninipun santun ayu malih.

Kawontênan ing wana ugi tumut malih sadaya grumbul-grumbul dados patamanan, sakathahing setan, mêmêdi sami dados dewa. Sang Bathari trimakasih sangêt dhatêng Sang Sadewa, lajêng kaparingan nama Sang Sudamala, (têgêsipun angrêsikakên rêrêgêd), saha kadhawuhan krama angsal putranipun Bagawan Tambrapetra ing patapan Prangalas, nama Dèwi Padapa. Bathari Uma kondur dhatêng swarga.

Page 47: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Sang Sadewa kadhèrèkakên Sêmar tindak dhatêng Prangalas, saèstu panggih kaliyan putranipun Bagawan Tambrapeta. Pun sêmar ugi nêdha rabi, ingkang dipun pilih abdinipun sang putri, nama nini Thowok (lucon).

Radèn Sakula (Nakula) nusul ingkang rayi, anjujug ing Sêtra Gandamayu, ingkang sampun dados patamanan katêngga dening pun Kalika. Sang Sakula dipun wastani Sang Sadewa dening pun Kalika. Wasana sarêng Sang Sakula pratela bilih sadhèrèkipun Sang Sadewa, lajêng dipun têdahakên panggenanipun Sang Sadewa. Sasampunipun Sang Sakula kêpanggih ingkang rayi, Sang Sakula dipun aturi krama angsal sadhèrèkipun èstri Sang Padapa, nama Sang Soka.

Dênawa kalih, Sang Kalantaka saha Sang Kalanjaya sami nglurug dhatêng Pandhawa. Prang, Pandhawa kasêsêr. Radèn Sakula Sadewa mirêng yèn ingkang raka-raka kawon prangipun, enggal-enggal tindak dhatêng nagari. Sasampunipun bage-bagean saha kangên-kangênan, Sang Sakula saha Sang Sadewa mangsah prang. Danawa kalih kawon, badhar dados widadara malih, suka panarima dhatêng Sang Sadewa.

Lampahan ing nginggil punika cêtha sangêt bilih lampahanipun tiyang ngruwat. Amila botên pêrlu dipun rêmbag panjang.

Ing sêrat Sudamala Sang Hyang Tunggal, Sang Hyang Wisesa saha Sang Hyang Asihprana (Awèhurip), inggih sampun jumêdhul, sarta sajakipun ugi kadèkèk wontên sangginggilipun [6]

Bathara Guru. Sang Hyang Madewa = Mahadewa ugi kapisah kaliyan Bathara Guru. Bab punika katandhinga kaliyan sêrat Tantu Panggêlaran lan sêrat Korawaçrama, ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng.

Conto sêkaripun sêrat Sudamala pupuh 1, ingkang ajêg:[7]

Ana ta wuwusên mangke / Sira ta Sang Hyang Tunggal / mwang Sang Hyang Wisesa mangko / makadi Sang Hyang Asiprana / ananirèng Guru mangke. //o//

Sira sajatiya mangke / ring Hyang Guru wêwarah / Sapalinira Sri Uma mangko / Hyang Tunggal polahira sira / Sri Uma clor ing lakine. //o//

Dados sêkaripun pêthikan ing nginggil punika: 8e, 7a, 8o, 9a, 8e. Cêtha sangêt bilih sêrat Sudamala punika damêlanipun tiyang dhusun. Tandhanipun anggènipun pados dhong-dhing namung kaliyan: mangke, mangko.

Namanipun sêkar ing nginggil punika ing samangke dèrèng kasumêrêpan. Nanging bilih punika sêkar macapat, gênah cêtha. Titikanipun: Sêkar Macapat punika cacahipun wanda ing dalêm sapada lingsa kathah ingkang botên sami, tur sandhanganipun wanda ing pungkasaning pada lingsa kenging dipun wastani têtêp; namanipun dhong-dhing. Ugi babarpisan botên mawi guru lagu, lan ing dalêm sapada botên ajêg kawan pada lingsa.

Kosok wangsulipun, sêkar agêng ingkang taksih lêrês, punika grêbanipun, cacahing wanda ing dalêm sapada lingsa têtêp, kawan garis pisan. Guru lagunipun inggih têtêp, nanging botên mawi

Page 48: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

dhong-dhing. Sêkar agêng ingkang sampun botên lêrês, kados ingkang lêrês, nanging sampun tanpa guru lagu.

Sêrat Sudamala sampun kacithak mawi aksara latin, saha kaprêtal ing basa Walandi dening DR P. VAN STEIN CALLENFELS (Proefschrift) dados VERHANDELINGEN BAT. GEN. babak 66 taun 1925.

44. Sêrat Kidung Subrata

Sêrat punika ugi basa Jawi têngahan ngangge sêkar macapat. Mênggah isinipun, bab filosofie. Ingkang dipun cariyosakên: sêdyanipun Ki Subrata madosi sampurnaning agêsang.

Filosofienipun kidung Subrata kenging dipun wastani inggil. Pancèn tiyang Jawi yèn prakawis filosofie, rumiyin mila, nama sampun inggil. Nanging cêthanipun ingkang kapratelakakên ing kidung Subrata, angèl sangêt, amila namung kula pêthikakên kemawon sawatawis panggenan, ngiras kangge nêdahakên sêkaripun.

Wiwitanipun mungêl makatên:

Sangtabyana ta pukulun, / rancana sipta kumawi, / panji prakasa têmbange, / Ki Subrata kang winuwus, / luputa ring lara roga, / nirmala waluya jati, / luputa ring pamurung, / luputa ring baya pati. //

Dados pêthikan punika sêkaripun Panjiprakasa: 8u, 8i, 8e, 8u, 8a, 8i, 7u, 8i.

Pêthikan ing ngandhap punika sajak isi titimasa taun pandamêling sêrat.

Puhara trêsna'wor lulut, / Ki Subrata'nom kumawi, / tiga rasa kamulane, / dadi jalma kurang tutur, / Kandêlan loba hangkara, / kurang yoga lan samadi, / tuwuk pangan lan turu, / maka kêliring sabumi. //

Titimasa taun ing ngriki: tiga rasa dadi jalma = 1463 Çaka = 1541 taun Masehi. Pupuh ingkang angka 2 namanipun Darmaparita, makatên:

Têgêse ngaran pandhita, / tan asor alubur sira, / kadêka luluh tuhu nora rasane, / anut ulahing bumi, / padhanira nora'na sabda idhêpe, //

anir tapa anir brata, / niryoga samadi sira, / nora itung darma'yi tan wruh rasane, / tan mati tan ahurip, / pangan turu tan ketung, langgêng asihe. //

Dados: 8a, 8a, 12e, 7i, 12e.

Ing sêrat punika sampun wontên sêkaripun Pamijil

wantune anêmu rasa lêwih, / ujar tanpa gawe, / ana paran tan maka parane, / para iku kang ana wus êning, / wêkasing amanggih, / pamatining tutur, //

Page 49: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

tutur lupa mèngêt ayo (= haywa = aja) lali, / ujar iku mangke, / kang ana wus ilang ndi wastune, / ulatana mewuh tan kapanggih, / paraning wong mati, / sapa sira kang wruh. //

Dadas bedanipun kaliyan mijil jaman samangke, pada kalih dhawah e. Yèn samangke dhawah o.

Ingkang andamêl kidung Subrata punika inggih botên kasumêrêpan. Taksih kathah sangêt tunggilipun sêrat ingkang kados sêrat Sudamala tuwin sêrat kidung Subrata punika, salong sawatawis radi nèm. Kêkathahên upami kaaturna sadaya. Ing samangke kula badhe ngaturakên wiwit mumbulipun sêrat ingkang ngangge sêkar macapat.

Kintên-kintên sampun wiwit kala ngajêngakên dumadosipun kraton Majapait, punika daya Indhu ingkang dhatêng tanah Jawa sampun suda sangêt, dangu-dangu gêgayutan Indhu kaliyan Jawi pêdhot babarpisan. Ingkang makatên wau anjalari pêpêting bandha kabudayan saking Indhu, ingkang kangge isinipun kapustakan. Wah malih tiyang ingkang sagêd basa Sanskrêta, ingkang sakintên sagêd anjawèkakên sêrat basa Sanskrêta ing basa Jawi, inggih sampun botên wontên. Amila kados ingkang sampun kacêtha ing bageyan III No 5 ing ngajêng, para bujangga Jawi anggènipun damêl sêrat-sêrat, mêndhêt saking sêrat-sêrat ingkang langkung kina, utawi mêndhêt kawontênan ing tanah Jawi. Makatên ugi ingkang anjalari mumbulipun sêrat sêkar macapat, punika bujangganipun ugi mêndhêt lêlampahan Jawi tulèn; inggih punika lêlampahanipun Radèn Panji kaliyan Dèwi Candrakirana aliyas Dèwi Sêkartaji. Tamtunipun inggih mawi dipun wêwahi saha dipun rêngga, kadadosakên kadosdene roman makatên.

Kadospundi sipatipun sêrat Panji ingkang kawitan, punika ing samangke sampun botên kasumêrêpan. Nanging kêkantunanipun, ing samangke taksih pinanggih wontên ing tilas kraton Palembang, awujud:

45. Sêrat Panji Angrèni

Ing lêbêting sêrat punika wontên titimasa taun warni sêngkalan: guna paksa kaswarèng rat 1723 Çaka = 1801 taun Masehi. Mirid angka taun punika sêrat wau kalêbêt nèm: nanging botên makatên; awit punika, taun anggènipun nurun; babonipun têmtu langkung sêpuh, katitik ing lêlewaning basa saha wontênipun têmbung-têmbung. Wondene ingkang dhawuh nurun, nama Pangeran Adimanggala, bangsa luhur ing kraton Palembang.

Sêrat punika isi tigang bageyan. Bageyan angka satunggal nyariyosakên: Radèn Panji mundhut garwa Dèwi Angreni salajênipun ngantos dhaupipun sang radèn kaliyan Dèwi Candrakirana, saha kramanipun para nak-sanak angsal nak-sanak.

Ingkang bageyan kalih nyariyosakên Ratu Nusakêncana badhe rêmên dhatêng rayinipun piyambak, nama Dèwi Ngrenaswara. Sang Ngrenaswara titisipun Sang Angrèni, purun, anggêripun dipun maru kaliyan Dèwi Candrakirana. Ratu Nusakêncana nglurug dhatêng Kêdhiri, prang, pêjah prang tandhing kaliyan Sang Panji. Dèwi Ngrenaswara kadadosakên satunggal kaliyan Dèwi Candrakirana dening Bagawan Narada, nama Candraswara.

Ingkang bageyan angka tiga nyariyosakên satunggaling pandhita ing Atasangin tapa wontên ing arga Jambangan. Gadhah anak èstri nama Bikang Murdeya, saha anak jalêr 13, ingkang

Page 50: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

pambajêng nama Bambang Swatama. Bambang Swatama kêpengin rabi angsal Dèwi Candrakirana. Sasadhèrèkipun malih dados Radèn Panji sakadang kadeyanipun; Bikang Murdeya mindha-mindha Ragilkuning, lajêng sami mangkat dhatêng Jênggala, rêbatan Dèwi Candrakirana. Prang kêmbar-kêmbaran. Ingkang mindha-mindha sami badhar saha pêjah ing paprangan. Bikang Murdeya ugi badhar, lajêng kapundhut sêlir Radèn Panji.

Bageyan angka kalih lan tiga punika cêtha sangêt bilih susulan enggal, tur ingkang ngarang botên patos baud. Ubad-ubêding cariyos kêtingal kaku, cêtha bilih golèk-golèk. Têtêmbunganipun inggih sampun katawis nèm.

Beda kaliyan ingkang bageyan satunggal. Wah, ubad-ubêding lampahan, sampun ta, anggêgirisi saenipun. Blendre, blendre, kruwêl, bêt, sajak botên dipun jarag, nanging miraos.

Saya malih anggènipun anggambar satunggal-tunggaling priyantun, punika mêgah-mêgahakên saenipun. Kados ta:

Dèwi Candrakirana punika putri ayu, ndara gêdhe sangêt, luhur ing budi wah wicaksana.

Radèn Panji, satriya bagus, luhur, botên rusuh, bêkti ing dewa; nanging rèhne wayuh, kêrêp sok ethok-ethok bingung; punika sampun dados medanipun tiyang wayuh.

Dèwi Andayaprana, putri ing Bali; e la sampun, dede mênus; putri ayu, brêgas, landhêp ing panggraita, kêndêl, baud ngladosi kakung. Amila Radèn Panji dhatêng Dèwi Andayaprana punika inggih namung mèsêm, lêga asrah bongkokan. Kawonipun Sang Andayaprana kaliyan Dèwi Candrakirana, punika namung kawon ndara gêdhe.

Radèn Gunungsari, punika kedanan dhatêng Dèwi Ragilkuning, punika plêg ndara gêdhe, bocah, duwe karêp; dados inggih cola-colo. Kêkathahên upami kapratelakna sadaya.

Sêrat Panji Palembang ingkang bageyan satunggal, punika basanipun taksih basa Jawi têngahan sawatawis nèm, kathah cengkokipun basa ing Surabaya-Grêsik, basa wantah, cêtha, mawi sêkar macapat. Ing pangintên, sêrat Panji babonipun Panji Palembang wau saking saenipun, sanalika mêdal, sampun misuwur sangêt. Lajêng katurun kaping-kaping. Malah lajêng andayani dumadosipun sêrat Panji sanès-sanèsipun. Utawi, saking kêrêpipun katurun wau lajêng anjalari kathahing warni-warninipun sêrat Panji. Awit tiyang Jawi punika kala rumiyin (samangke inggih taksih) bilih nurun sêrat, cara Yojanipun: sêngara yèn botên ngewahi utawi mêwahi.

Cariyos Panji basa Jawi gancar Surabayan utawi wetanan, ing samangke sampun kacithak. Sakawit dening PROF. ROORDA mawi aksara Jawi, lajêng kacithak malih ugi aksara Jawi dening DR GUNNING. Nanging sêrat punika namung ngêmot bageyan 1 lan 2 saking serat Panji Palembang, sarta namung kados dene inhoudsopgave kemawon, nanging sawatawis moncèr; amila ngêsipun inggih sampun ical.[8]

Cariyosipun Panji ingkang dumados kala jaman Majapait têngahan, punika saking saenipun ngantos sagêd anjalari wontênipun dongèng, sawarnining dongèng Radèn Putra ing Jênggala; anjalari wontênipun ringgit gêdhog; dipun angge lampahan topèng, sanadyan wontênipun topèng

Page 51: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

punika mêsthi langkung sêpuh katimbang sêrat Panji; anjalari kathahipun sêrat Panji ing tanah Bali, Mêlayu, ngantos dumugi Siyêm saha Kamboja.[9]

46. Sêrat Sri Tanjung

Sêrat punika basanipun inggih basa Jawi têngahan, tur sampun radi nèm. Ingkang dipun cariyosakên: wontên satunggaling satriya nama Radèn Sidapaksa kesah saking padununganipun, lajêng ngèngèr dhatêng ratu ing nagari Sinduraja. Radèn Sidapaksa kautus sang prabu dhatêng dhukuh Prangalas mundhut jampi dhatêng Bagawan Tambapetra. Dumugi ing dhukuh sang radèn uninga putunipun sang pandhita, nama Dèwi Sri Tanjung, rêmên. Sarêng sang radèn matur dhatêng sang pandhita ing prêlunipun dhatêng, sang pandhita ngandika, yèn bab jampi punika sang prabu prayogi andangu dhatêng para bujangga. Radèn Sidapaksa dados botên sagêd angsal jampi saking sang pandhita.

Ing wanci lingsir dalu, Dèwi Sri Tanjung kabêkta kesah dening Radèn Sidapaksa. Ing enjingipun, sarêng Dèwi Sri Tanjung kasumêrêpan ical, ibunipun matur dhatêng sang bagawan. Sang pandhita ngandika yèn sampun uninga sadèrèngipun. Malah mêwahi pangandika bilih Sang Sidapaksa kaliyan Sang Sri Tanjung wau sami wayahipun. Sang pandhita lajêng ngatingalakên bilih panjênênganipun asarira bathara.

Prabu Sulakrama, ratu ing Sindurêja, mirêng bilih Sang Sidapaksa angsal garwa ayu sangêt, Sang Sidapaksa lajêng kautus dhatêng swarga nagih mas tigang kêthok saha bênang tigang gulung, dhatêng Bathara Indra. Bathara Indra kala rumiyin utang barang wau dhatêng sang prabu. Nanging ing sajatosipun, karsanipun sang prabu, supados Sang Sidapaksa dipun pêjahana dening para dewa.

Dèwi Sri Tanjung uninga bilih ingkang raka bingung anggènipun badhe minggah dhatêng swarga, ingkang raka lajêng dipun caosi kotang antakusuma, tilaranipun ingkang rama Radèn Sadewa. Kotang waru[10] paringipun Bathari Durga kala rumiyin, minangka ganjaran anggènipun Sang Sadewa sampun sagêd ngruwat sang bathari kala awarni danawa èstri dados ayu malih.

Botên dangu kaliyan angkatipun Sang Sidapaksa, Prabu Sulakrama lajêng rawuh dhatêng panggenanipun Dèwi Sri Tanjung, badhe sêdya kirang sae. Sang dèwi puguh botên karsa ngladosi sang prabu. Sang prabu mundur kanthi lingsêming panggalih.

Sang Sidapaksa mabur ngidul ngetan lajêng têrus dhatêng kaindran. Dumugi ing kaindran Sang Sidapaksa ngaturakên sêrat dhatêng Bathara Indra, ungêling sêrat: Sang Sidapaksa badhe ngrisak swarga. Para dewa duka, Sang Sidapaksa dipun tandangi ing para dewa, sami kawon sadaya. Namung Bathara Indra ingkang sagêd nyêpêng Sang Sidapaksa. Sarêng badhe dipun kêthok jangganipun, Sang Sidapaksa sambat-sambat ngucapakên namanipun ingkang rama, Sang Sakula saha para Pandhawa sanèsipun. Bathara Indra lajêng uninga bilih Sang Sidapaksa punika wayahipun piyambak, amila botên saèstu dipun pêjahi, malah kasungga-sungga wontên ing swarga ngantos pitung dintên.

Sasampunipun makatên Sang Sidapaksa wangsul dhatêng marcapada, anjujug ing nagari Sindurêja, sarta ngaturakên mas tigang kêthok saha bênang tigang gulung dhatêng prabu

Page 52: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Sulakrama. Sang prabu ngandika dora dhatêng Sang Sidapaksa bilih Sang Sri Tanjung alampah sèdhèng. Radèn Sidapaksa mirêng makatên wau kagèt saha nêsu sangêt; sarêng dumugi ing ngriya,[11] garwanipun dipun larak mêdal kabêkta dhatêng pasetran Gondamayu, lajêng dipun suduk. Salêbêtipun sêkarat Dèwi Sri Tanjung wicantên bilih gêtihipun mambêt wangi, inggih tandha bilih sang dèwi botên anglampahi awon. Sayêktos gêtihipun sang dèwi mambêt wangi, Sang Sidapaksa lajêng sakit ewah saking susahing manah.

Nyawanipun Sang Sri Tanjung dumugi ing alaming nyawanipun tiyang pêjah, lajêng dhatêng naraka; wontên ing ngriku sang dèwi uninga sangsaranipun nyawa-nyawa ingkang sami dipun ukum. Wasana sarêng dumugi kontêning swarga Sang Sri Tanjung kêpanggih dewa ingkang anjagi pintu. Dewa jagi pintu dipun jak cangkriman kaliyan Sang Sri Tanjung botên sagêd ambatang, satêmah sagah ambikak kontêning swarga. Nanging sarêng sang dèwi dipun awasakên, kêtingal bilih dèrèng mangsunipun[12] pêjah, lajêng kapurih wangsul dhatêng dunya.

Sawangsulipun Sang Sri Tanjung dhatêng marcapada, wontên gara-gara. Para dewa sami kagèt, Bathari Durga lêjêng[13] tumêdhak. Saking taksih kêpotangan dhatêng Sang Sakula dene sang bathari kala rumiyin dipun ruwat saking anggènipun awarni danawa èstri, sang bathari lajêng andamêl gêsangipun Sang Sri Tanjung malih, saha maringi sêsotya, ingkang gadhah sawab; sintên ingkang ngangge, botên sagêd kraos luwe. Saking dhawuhipun sang bathari, Dèwi Sri Tanjung dipun têrakên dening pun Kalika kondur dhatêng ing dhukuh Prangalas.

Dumugi ing griya Sang Sri Tanjung, lajêng pratela dhatêng ingkang eyang, Sang Pandhita Tambapetra, ing bab lêlampahanipun; sang dèwi lajêng dipun ruwat dening ingkang eyang.

Radèn Sidapaksa ngluyur dhatêng pundi-pundi, wasana dumugi ing pasetran malih. Wontên ing ngriku sang radèn sumêdya suduk sarira, nanging Bathari Durga welas dhatêng sang radèn, lajêng dipun dhawuhi supados mantuk kemawon dhatêng dhukuh Prangalas. Dumugi ing Prangalas Dèwi Sri Tanjung botên purun nampi. Purun kêmpal malih kaliyan ingkang raka, bilih sampun kèsèd sirahipun Prabu Sulakrama. Radèn Sidapaksa lajêng nglurug dhatêng Sindurêja kaliyan para janggan, manguyu, sapanunggilanipun. Malah ugi kabantu dening para Pandhawa. Sang Sulakrama kawon, kakêthok jangganipun lajêng kangge kèsèd dening Dèwi Sri Tanjung. Sang dèwi lajêng kêmpal malih kaliyan ingkang raka.

Sêrat Sri Tanjung punika mawi sêkar, nanging namung warni satunggal, inggih punika sêkar Wukir. Pêthikanipun sakêdhik kados ing ngandhap punika:

2. Ana carita ginurit kidung, / ring radiya sangkane, / apapuh kang tambang wukir, / Ki Sidapaksa jalu, / istrine Dèwi Sri Tanjung, / atutur micara mangke, / Bathari Sri kang winuwus, / tumurun amindha janma, / agawe pangewan-ewan. //

3. Ki Sidapaksa mangke winuwus, / satriya sangkane, / sah saking pradesanèki, / kasyasih amlas-ayun, / asuwita ring sang prabu, / ring Sindurêja sangkane, / asewaka tigang tawun, / tur kinonkon mbêbêkêla, / de ma'raja Silakrama. //

Sêkar ing nginggil punika ugi cêtha bilih sêkar macapat. Namung pupuh ingkang wingking-wingking dipun dèkèki Panggalang. Têmbung Panggalang ing ngriki kintên kula ewah-ewahan

Page 53: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

saking Manggalam, ingkang atêgês pêpuji wilujêng. Panggalang ing sêrat Sri Tanjung punika sêkaripun çloka tanpa guru lagu. Punika contonipun:

Akèh wong padha kapapag, lumaku adulur-dulur / garjita sira tumingal, miyat ing Ki Sidapaksa / lah ta yayi lumampaha, sampun parêk ing nagara / singgih ta yayi punika, kadhaton ing Sindurêja. //

Ing sabên têlasing Panggalang, lajêng wontên têmbung: Kawitan. Têmbung punika suraosipun: têmbange pupuh iki kaya têmbang sing kawitan. Ing sêrat kidung Subrata, ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng, ugi makatên. Sabên santun sêkar, mangka sêkar ingkang sumambêt punika sami kaliyan sêkar ingkang wiwitan, lajêng wontên pitêdah: puh witan, têgêsipun: têmbange kaya têmbang kang wiwitan.

Cariyos Sri Tanjung punika namung kêlimrah wontên ing sakiwa-têngênipun tanah Banyuwangi saha ing Bali. Wontên ing tanah Jawi radi mangilèn kenging dipun wastani botên kasumêrêpan.

Sarèhne sampun katingal nèm, sanadyan dipun cariyosakên bilih punika sambêtanipun cariyos Sudamala, ewasamantên kula manah prayogi kadèkèkakên ing ngriki. Awit dayaning sêrat Panji inggih sampun katingal wontên ing sêrat Sri Tanjung; inggih punika namaning panakawan Paras Paros, punika panakawan ing sêrat Panji.

Sêrat Sri Tanjung sampun kacithakakên mawi aksara latin saha kaprêtal ing basa Walandi dening DR R. PRIJONO (Proefschrift, Leiden 1938) mawi pangrêmbag saha katrangan sawatawis moncèr.

1. § Kados ta: ingkang pinanggih ing dhusun Bluluk, kacithak ing OUDHEIDKUNDIG VERSLAG taun 1918, Bijl. R: Trawulan No V ing idem kaca 172; COHEN STUART No IV; Wontên ing Museum Malang TIJDSCHR BAT. GEN. 1936, kaca 387; No. E. 65 BAT. GEN. ing Jaarboek 1937 kaca 152. 

2. § Sêkar têngahan punika sajatosipun botên wontên. 3. sakawan 4. § Musthika ing ngriki kajêngipun sawêr agêng ingkang sampun ngangge musthika ing

sirahipun = naga = naga taun. Sêrat Dewaruci punika ing samangke sampun kacithak ing DJAWA, taun 1940, mawi pêrtalan ing basa Walandi sarta pangrêmbag sawatawis. 

5. § Ingkang dipun wastani sêkar têngahan punika lugunipun sêkar macapat sêpuh; tiyang samangke sampun mèh kêsupèn. 

6. sanginggilipun 7. § Ungêl-ungêlan ing sêrat Sudamala sampun sawatawis risak, dados cacahing wanda ing

dalêm sapada lingsa wontên ingkang kirang langkung. Conto punika namung mêndhêt ajêgipun. 

8. § WAJANGVERHALEN VAN PALASARA, PANDU EN PANDJI, 's Hage 1869. 9. § Cariyos Panji ingkang mêdal dhatêng Bali, Mêlayu saha sanès-sanèsipun, bilih sagêd

dumugi, badhe kapratelakakên ing wingking. Ing samangke ingkang wontên sawêg ingkang ngangge basa Walandi, inggih punika: PANDJI-VERHALEN, ONDERLING VERGELEKEN; BIBLIOTHECA JAVANICA babak IX. 

10. wau 

Page 54: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

11. griya 12. mangsanipun 13. lajêng 

VI. JAMAN ISLAM

Nalika mumbul-mumbulipun jaman Majapait, ing tanah Jawi kadugi sampun wontên tiyang agami Islam dhatêng saking manca satunggal kalih. Saya dangu saya kathah, nanging taksih sami manggèn wontên kitha dagang ing pasisir, upaminipun Tuban, Sidayu, Grêsik.

Tiyang Sêlam wau kajawi among dagang, ugi nyambi nglêbêtakên agaminipun: ing sakawit namung angsal tiyang alit kemawon. Dangu-dangu tamtunipun inggih wontên priyantun satunggal kalih ingkang lumêbêt agami Islam.

Dilalah karsaning Allah, majêngipun agami Islam wontên ing tanah Jawi, punika kêsarêngan jaman ura-uru ing salêbêting karajan Majapait, satêmah suda kêkiyatanipun, wasana risak babarpisan. Ing nalika punika para - yèn ing jaman samangke ingkang dipun wastani - intellectuelen Jawi saya kathah ingkang lumêbêt agami Islam; kilap saking korup utawi saking kapêksa pados sandhang têdha, punika sami kemawon. Ingkang makatên wau anjalari para intellectuelen ngêmpal wontên ing ulêkaning agami Islam, ingkang dangu-dangu dados ulêkaning pangawasa, satêmah dados pusêring kabudayan Jawi-Sêlam. Ing sasampunipun makatên lajêng thukul sêrat basa Jawi ingkang isinipun bab Islam. Sêrat ingkang kados makatên wau ing samangke taksih sawatawis kathah kêkantunanipun, kados ta sêrat ingkang samangke kasêbut nama:

47. Het boek van Bonang

Sêrat punika basanipun taksih basa Jawi têngahan gancar, nanging isinipun bab agami Islam. Ukaranipun sajak kêtularan ukara basa Arab, amila angèl têgêsipun; ugi wontên cengkokipun Malayu sawatawis, kados ta ana pon (ada pun).

Murih cêtha, kula pêthikakên wiwitanipun sawatawis:

Sasampunipun puji basa Arab: "Bi'smillahi ... wabihi nasta'in ..." lajêng:

Nyan punika caritanira Shaich al Bari, tatkalanira apitutur ling carita saking kitab Ihya'ulum aldin lan saking Tamhid antukira Shaich al Bari amêthêt ing tingkahing sêsimpênaning nabi wali mu'min kabèh.

Mangka akêcap Shaich al Bari - kang sinalamêtakên dening pangeran - : e mitranisun, sira kabèh dèn sami angimanakên wirasaning Usul Suluk inkang[1] kapêthêt tingkahing anaksèni pangeran;

Page 55: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

miwah kawruhana yèn sira pangeran tunggal, tan kalih; saksènana yèn sira pangeran asifat sadya suksma, mahasuci tunggalira, tan ana pêpadhanira kang mahaluhur.

Makatên salajêngipun. Sêrat punika sampun kacithakakên mawi aksara latin, saha pangrêmbag kaliyan udalaning isinipun (sanès prêtalan) dening DR B. J. O. SCHRIEKE (Proefschrift, Leiden 1916).

Wontên malih sêrat barakanipun "Het boek van Bonang", inggih punika sêrat ingkang samangke kasêbut nama

48. Een Javaans Geschrift uit de 16e eeuw

Sêrat punika inggih ngangge basa Jawi têngahan gancar. Isinipun ugi bab agami Islam. Nanging panyêratipun sampun sawatawis risak kathah ingkang pelo pilêg. Pêthikanipun mawi kalêrêsakên ungêl-ungêlanipun, kados ing ngandhap punika:

Isarating imam, pitung prakara: kang dhumuhun asih ing pangeran, ka 2 asih ing nabi kabèh, ka 3 asihing wali, ka 4 angandhêg satruning pangeran, ka 5 awêdi ing siksaning pangeran, ka 6 angandêl ing rahmating pangeran, ka 7 angêgungakên pakoning pangeran, andohi sakèh laranganing pangeran.//

Bagindh' Ali - raliyallahu nganhu - tinakenan dening wong: Ya Ali, punapa bot saking langit, punapa kang alo saking bumi,[2] punapa kang atos saking watu, punapa kang kaliwat sugih saking samudra, punapa kang kaliwat panas saking api, punapa kang kaliwat atis saking naraka Jamanirah, punapa kaliwat pait saking upas?// Maka sumahur baginda - raliyallahu anhuma: kang andalih ing lêmahing wong abêcik dèn dalih ala, kaliwat bote saking amondhong langit, abêcik dèn dalih ala. Ka 2 kang abênêr iku kaliwat alo saking bumi, ka 3 atining wong munapèk iku kaliwat atos saking watu, ka 4 ati kang kana'at iku kaliwat sugih saking samudra, ka 5 ratu kang kaniaya iku kaliwat panas saking api, ka 6 têka anglarani atining wong, iku kaliwat asrêp saking naraka Jamanirah, (ka 7) kang darana iku kaliwat pait saking upas.// Makatên salajêngipun. Sêrat punika sampun kacithakakên dening DR J. G. H. GUNNING mawi aksara Jawi tampa prêtalan (Proefschrift, Leiden 1881). Prêtalanipun ing basa Walandi ingkang andamêl DR H. KRAEMER mawi pangrêmbag saha katrangan moncèr sangêt: Een Javaanse primbon uit de 16e eeuw (Proefschrift, Leiden 1921).

49. Suluk Sukarsa

Kados ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng, sêrat punika basa Jawi têngahan mawi sêkar, nanging sêkar cara kina, sêkar çloka, lampah wolu-wolu kaping 4, sampun mbotên mawi guru lagu.

Mênggah ingkang dipun cariyosakên, bab mystiek; mèh sami kemawon kaliyan ingkang kagêlarakên wontên ing sêrat Dewaruci, namung kaot dede Islam kaliyan Islam.

Wiwitanipun sêrat punika sampun ical. Nanging mirid wontênipun samangke ingkang ical wau botên patos kathah. Murih têrang, kapêthikakên sakêdhik, kados ing ngandhap punika:

Page 56: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

5. pan sami pakèning suksam,[3] margane antuk sampurna. / dèn awas sira yan mulat, sampun kaliru ing sadya. / yan sira tanpa guruwa, magsa waspaosèng suksma. / ing suksma sira dèn awas, pan arusit prênahira. //

6. Ki Sukarsa wus anuksma, sinuksma ing jatisuksma. / têkèng sagara ma'ripat, tan emut ing jiwa raga. / mangke atinggal sasana, amatèni pancandriya / tan ketang salwiring lampah, iman tohid datan kocap. //

7. ma'ripat tan kauninga, karêm ing jroning sagara. / jinatèn surahsyanira, ika sih nugrahaning hyang. / tan ana ing jro ing jaba, duk sira tunggal sasana. / tan kocap gusti kawula, atunggal sasananira. //

8. kandhih kalimput ing sadya, tan ana têtelanira. / datan ana katingalan, paningale uwus ilang. / ragane kadi bêbathang, awang uwung anarawang. / ing dunya herat tan kocap, swarga siksa datan ana. //

9. kari rêraga kewala, Sukarsa sadya 'nanira. / tan ana muji anêmbah, datan ana kang sinêmbah //

Makatên salajêngipun. Pungkasanipun sêrat Suluk Sukarsa ungêlipun makatên:

Sastra gumêlar ing jagad, kang atuduh pangawikan. / kang wruh ing tuduh sampurna, tan ana irêng ing pêthak. / yèn sira sampun waspada, lumampaha alon-lonan. / kibirira lan sumungah, ujub loba singgahana. //

Ki Sukarsa wus alayar, ing sakathahing sagara. / margane têkèng ma'ripat, tan aetang urip pêjah. / damare murup tan pêjah, panganggo mulya tan rusak. / asangu tan kêna têlas, angungsi ing desa jimbar. //

Ki Sukarsa dènya layar, parahu sabar darana. / salat mangka tiyangira, kinamudèn pangawikan. / linayaran amangun hak, winêlahan niyat donga / dèn watangi panênêdha, dèn pulangi lawan tobat. //

dèn labuhi sukuru'llah, dèn talèni lan kana'at. / dèn pulangi lan wicara, dèn damari ma'arifat. / Ki Sukarsa dènya layar, wus têkèng sagara rahmat. / kawasa dènira layar, wus têkèng sagara ORA. //

Ungêl-ungêlan ing nginggil punika kenging katandhing kaliyan kidunganipun Hamzah Pansuri, kapêthik kados ing ngandhap punika:

Wujud Allah nama pêrahunya. .... / ...................................... / iman Allah nama kêmudinya, / yaqin akan Allah nama pawangnya. / taharat dan istinja nama lantainya. / kufur dan ma'siyat air ruangnya, / tawakul akan Allah juru batunya. / tawhid itu akan sauhnya. / ILLA [4] akan talinya / kamal Allah akan tiangnya.[5] //

Sêrat Jawi jaman Islam, basa Jawi têngahan ingkang ngangge sêkar macapat, ingkang samangke pinanggih sêpuh piyambak, inggih punika sêrat:

Page 57: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

50. Kojajajahan

Sêrat punika sanadyan isi piwulang, nanging awujud cariyos. Ingkang dipun cariyosakên, satunggaling patih nama Sang Kojajajahan, bêkti sangêt dhatêng ratunipun, ngibadah, adil lan wicaksana. Saking saening paprentahanipun, sang ratu, Raja Mêsir, asih sangêt dhatêng Sang Kojajajahan, ngantos anjalari sêngitipun para agêng sanèsipun. Ing wasana para agêng wau mados-madosakên lêpatipun sang apatih. Yêktos; trekahipun para pangagêng sagêd dados; Patih Kojajajahan dipun pêjahi. Mayitipun mêdal karamatipun, ingkang anelakakên bilih sang apatih botên dosa. Sang prabu uninga ingkang makatên punika, sêdhih sangêt panggalihipun, gêrah lajêng seda.

Sêrat punika basanipun sae sangêt, emanipun dene ungêl-ungêlanipun sampun sawatawis risak. Sacariyos punika isi 169 pada sêkaripun namung Dhandhanggula thok. Pêthikanipun ing wiwitan, mawi kalêrêsakên ungêl-ungêlanipun, kados ing ngandhap punika:

1. Kady agring tyas kapasah myang srining kartika wiwarjèng kalêngêngan, cipta'ngèl panamunane, marma k amarna langu, ing nagari pinindha rasmining pasisir Parwata, lila nggènya mangu, yèn maha harsèng Basanta, tona rêcêping smita'rjèng gita na lwir pinindha sakalangwan.

2. Ramya lwir padudon kalangêning pasisir Parwata dadya raras, wraning nayèngita mangke, sipta smita sumawur, yayah pangjrah ing sari minging, lwir gêrah mandra'ngde mar, sarkara winuwusnira sang para sujana, pamrêming subasita wêdharing sari, lwir sande sakalangwan.

3. Lwir sasi Basanta pamêwêhing, hir wya-wya'rum angrêmakên driya, pangjrahing cipta cêp mangke, kwèhira sang para utamèng naya pupul alinggih, utar-otaran smita'rjaning tyas winêtu, lwir langw angjrah sakalangwan, satataning sih manah amangun brangti, nitya nalyani cipta.

4. Pringga gronging patapan têpining, pasir pindha sang para utama yan angling duga manise, ring wwang suddha apupul, lwir sunyaning langên pucaking Parwata nyênyêp ramya pan sarwa'dhi wuwus, ring amêdhar rasaning wardayaningcipta 'nglêngêngakên tyas kawi, lwir sande sakalangwan.

5. Nahan pangrancananing tyas brangti, lam-lam amêdhar ramyaning radya, pangring-ringi langên dumèh, mangkana manggih tanduk, wontên ta carita'nyar prapti, sambang sambang ing têmbang, wirasanya'rja'lus, purwa sakèng nusantara, panêngran Koja Jajahan ratu Mêsir, nagarèng purantara.

Dados kala samantên cariyos punika sawêg enggal-enggalan lumêbêt dhatêng tanah Jawi.

Ingkang andamêl sêrat Kojajajahan punika botên kasumêrêpan. Namung pada ingkang pungkasan mratelakakên bilih sêrat wau kadamêl wontên ing Panaraga. Mênggah têmbung kadamêl, ing ngriki botên kêdah dipun suraos: sakawit dipun damêl; sagêt ugi namung katurun kemawon wontên ing Panaraga. Babonipun sagêd ugi langkung sêpuh; malah wontên ancêr-ancêripun bilih sêrat wau kadamêl wontên ing Giri (Parwata), ulêkaning Islam sakawit wontên ing tanah Jawi.

Page 58: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

51. Suluk Wujil

Sêrat punika ngêmot wêjanganipun Sunan Bonang dhatêng pun Wujil, tiyang cebol ingkang dipun cariyosakên tilas kalangênanipun ratu ing Majapait; ingkang kaping pintên utawi ingkang pundi, mbotên dipun têrangakên.

Sampun tamtu kemawon bilih wêjangan wau bab ngèlmu kasampurnan, utawi mystiek. Wondene mystiek ingkang dipun wulangakên Sunan Bonang, punika inggih mèh sami kemawon kaliyan mystiek ingkang kagêlarakên wontên ing sêrat sanès-sanèsipun, kados ta Dewaruci, Nirarthaprakrêta, tuwin Suluk Sukarsa. Gèsèhipun namung sanès têmbung; ing raos sami kemawon.

Suluk Wujil punika gunggung ngêmot 104 pada, pada angka 55 sêkar agêng Açwalalita, ingkang angka 56 Mijil; sanèsipun Dhandhanggula sadaya.

Sêkaripun Açwalalita taksih cêtha, lampahing guru lagu, anandhakakên bilih sêpuh. Awit sasumêrêp kula, wiwit jaman Kartasura sapriki, tiyang Jawi sampun mbotên wontên ingkang sagêd andamêl sêkar agêng mawi guru lagu.

Ing salêbêting sêrat wau wontên sêngkalanipun taun: panêrus tingal tataning nabi = 1529 taksih taun Çaka = 1607 taun Masehi. Nanging angka wau katumrapakên pandamêlipun punapa panurunipun, punika botên cêtha. Nanging kadospundi-kadospundiya sêrat wau nalika taun punika sampun wontên. Awit botên wontên titikipun bilih angka taun wau susulan enggal. Dados bilih makatên sêrat wau nalika jumênêngipun Sinuhun Seda Krapyak, ingkang rama Sinuhun Sultan Agung ing Mataram, sampun wontên.

Pêthikan sakêdhik saking sêrat Suluk Wujil, kaaturakên kados ing ngandhap punika:

19. Dipun wêruh ing urip sajati, lir kurungan rêraga sadaya, bêcik dèn wruhi manuke, rusak yèn sira tan wruh, hih ra Wujil salakunèki, iku mangsa dadiya, yèn sira'yum wêruh, bêcikana kang sarira, aswèsmaa ing ênggon punang asêpi, sampun kacakrabawa.

20. Aja'doh dera ngulati kawi, kawi iku nyata ing sarira, punang rat wus anèng kene, kang minangka pandulu, trêsna jati sariranèki, siyang dalu dèn awas, pandulunirèku; punapa rêkèh pracihna, kang nyatèng sarira sakabèhe iki, saking sipat pakarya.

21. Mapan rusak sajatinirèki, dadine lawan kaarsanira, kang tan rusak dèn wruh mangka, sampurnaning pandulu, kang tan rusak anane iki, minangka tuduh ing Hyang, sing wruh ing Hyang iku, mangka sêmbah pujinira, mapan awis kang wruha ujar puniki, dahat sipi nugraha.

Suluk Wujil punika sampun kacithakakên mawi aksara latin, dipun prêtal ing basa Walandi saha karêmbag lan katandhing sawatawis, wontên ing TIJDSCHRIFT DJAWA taun 1938.

52. Suluk Malangsumirang

Page 59: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Sêrat punika dipun cariyosakên damêlanipun Sunan Panggung nalika lumêbêt ing tumangan (latu kangge pati obong), minangka paukumaning paprentahan nagari ing Dêmak, saking anggènipun angrisak sarak. Punapa inggih makatên sayêktos, punika namung kasumanggakakên.

Isinipun Suluk Malangsumirang punika kawruh kasampurnan, mawi nyêmoni tiyang ingkang anggondhèli sarak. Dene tiyang ingkang sampun dumugi ing kajatèn, punika dipun cariyosakên makatên:

11. Dosa'gung alit tan dèn singgahi, ujar kupur kapir kang dèn ambah, wus liwung pasikêpane, tan andulu-dinulu, tan angrasa tan angrasani, wus tan ana pinaran, pan jatining suwung, ing suwunge iku ana, ing anane iku surasa sajati, wus tan ana risasan.[6]

12. Pan dudu rasa karasèng lathi, dudu rasaning apa'pa lawan, dudu rasa kang ginawe, dudu rasaning guyu, dudu rasa kang angrasani, rasa dudu rêrasan, kang rasa amêngku, sakèhing rasa karasa, rasa jati tan karasa jiwa jisim, rasa mulya wisesa.

13. Kang wus tumêka ing rasa jati, sêmbahyange tan mawas nalika, lwir mili jatine, tan ana jatinipun, muni mona turu atangi, saosiking sarira, pujine lumintu, raina wêngi tan pêgat; puji iku raina wêngi sirèki, akèh dadi brahala.

14. Pangrunguningsun duk rare cili, nora Sêlam dening asêmbahyang tan Sêlam dening pangangge, tan Sêlam dening saum, nora Sêlam dening nastiti, tan Sêlam dening tapa, nora dening laku, tan Sêlam dening aksara nora Sêlam yèn anut aksara iki, tininggal nora êsah.

15. Sêlame ika kadi punêndi, kang ingaranan Sêlam punika, dening punapa Sêlame, pan ing wong kapir iku, nora dening amangan bawi, yadyan asêmbahyanga, yèn durung awêruh, ing sajatine wong Sêlam, midêra anglikasan amontang-manting, jatine kapir kawak.

Makatên salajêngipun.

Ingkang kula pêthik ing nginggil punika sêrat ingkang sawatawis sêpuh. Sêrat ingkang ênèm, ingkang sampun kathah ewah-ewahan sarta wêwahanipun, sampun kacithak mawi prêtalan ing basa Walandi saha pangrêmbag dening PROF. DR W.J. DREWES, wontên ing TIJDSCHRIFT DJAWA, taun 1927, kaca 97.

Sêrat Suluk Malangsumirang, saya kathah wêwahan saha ewah-ewahanipun ugi sampun dipun cithakakên dening pakêmpalan "Brahmawidya" ing Ngayogyakarta, Desèmbêr 1931. Ungêl-ungêlanipun dipun wêwahi crita-crita kados adatipun ing kalangan Theosofie. Nanging ungêl-ungêlanipun ing pada 11 nginggil punika, bilih kula botên kêlintu, ing sêrat cithakan Ngayogya wau botên wontên, tur uruting pada, manawi katandhing kaliyan sêrat ingkang kula pêthik, kêtingal kisruh.

Sanadyan sêrat Malangsumirang punika mbotên mawi angka taun, nanging sarèhne dipun cariyosakên damêlanipun Sunan Panggung, amila kula cêlakakên kaliyan suluk Wujil, damêlanipun Sunan Bonang.

Page 60: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

53. Sêrat Nitisruti

Sêrat punika wontên ing jaman Surakarta kala 50 taunan kêpêngkêr, misuwur sangêt. Mênggah isinipun inggih piwulang kasaenan. Ing wiwitanipun sêrat punika wontên titimasa taun warni candrasêngkala, ungêlipun makatên: Sarasa sinilêm ing jaladri bahnimahastra candra sangkala, dados ing taun 1534, taksih ugi taun Çaka (1612 taun Masehi). Kaliyan sêrat Suluk Wujil dados namung kaot 5 taun, inggih taksih wontên salêbêting jumênêngipun Sinuhun Seda Krapyak. Mangka limrahipun Nitisruti punika dipun wastani damêlanipun Pangeran Karanggayam, ing nagari Pajang. Cariyos punika kintên kula wontên lêrêsipun, ugi wontên lêpatipun. Mirid angka taun, sampun cêtha bilih punika damêlan kala jaman Mataram. Wondene dipun cariyosakên damêlanipun Pangeran Karanggayam ing Pajang, punika kintên kula lêpat, bilih dipun suraos kala jaman Pajang, jumênêngipun Radèn Jaka-Tingkir; nanging lêrês, manawi dipun suraos: Pangeran Karanggayam ingkang dêdalêm ing Pajang nalika jaman Mataram. Awit dhusun utawi kitha Pajang, punika kala jaman Mataram têmtu taksih sawatasi[7] rêja, taksih dipun dunungi pangagêng utawi priyantun. Dados sagêd ugi lêrês Pangeran Karanggayam punika kala rumiyin dêdalêm ing Pajang, nanging sampun jamanipun Sinuhun Seda Krapyak.

Ingkang murugakên wontên kojah bilih sêrat Nitisruti damêlan kala jaman Pajang, punika pratelan saking Pasarkliwon, Surakarta. Ungêlipun makatên:

Punika kakawin Nitisruti, anggitanipun pangeran ing Karanggayam, lênggahipun êmpu jangga ing Pajang. Panganggitipun wau awit saking karsa dalêm ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Pajang, wiwitan dumugi ing wêkasan sadaya sangang dasa kalih pada. Sasampuning tamat panganggitipun lajêng katêdhak sinêrat dening Arya Dhadhaptulis, lênggahipun panyarikan dalêm ing Pajang. Wiwiting pênyêrat ing malêm Rêbo tanggal kaping kawan wêlas wulan Asura, ing taun Wawu, windu Sancaya, sinangkalan nalika panganggitipun bahnimahaastra candra ... , dados angkaning warsa 1513.

Pratelan ing nginggil punika cêkakipun kathah omong-kosongipun. Sapisan, pamêdhoting sêngkalan punika lêpat. Sanadyan lêrêsa, dhumawah ing taun 1513, punika inggih mêksa lêpat yèn kagathukakên kaliyan Sultan Pajang. Awit taun 1513 (1591 taun Masehi), punika sampun dhumawah ing salêbêting jumênêngipun Panêmbahan Senapati; jumênêngipun wontên ing taun 1508 = 1586 taun Masehi. Kula wangsuli malih, pratelan punika namung antêmkrama kemawon. Dipun kintên yèn ing wingking botên wontên ingkang nliti.

Ingkang andamêl sêrat Nitisruti punika rêmên maos sêrat Ramayana, amila kathah sangêt têmbung-têmbung ingkang kapêndhêt saking sêrat Ramayana. Malah Asthabrata Wibisana inggih kapêthik wêtah wontên ing pada 76 dumugi pada 82.

Kajawi piwulang kasaenan, ing sêrat Nitisruti kathah mystiekipun. Kados ta mystiekipun tiyang pêrang ing pada 88 ungêlipun:

88. Satyakênang naya atoh pati, yeka palayaraning atapa, gunung wêsi wasitane, tan kêdhap ing panduluning dumadi dadining bumi, akasa mwang i riya, sasamaptanipun, jatining purba wisesa, tan ana lara pati kalawan urip, uripe tansèng tunggal.

Page 61: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

89. Panjuring sarira wus wruh lwirning, lara'ntaka nir tang baya tansah, nirnakên trasa wêkase, aywa ngrasani antu, aywa mara sadya matèni, wyakti tatan winênang, wêwalêr asêlur, singa sadya matèn ana, wyakti anggantèni gantunganing pati, pan salwir wêwangsulan.

Yèn kadamêl ing basa gancar jaman sêmangke, makatên: sumpaha dhewe niyat nganggo tuntunan atoh pati, ya iku lakune wong tapa ana ing gunung wêsi (= paprangan) miturut unining piwulang. Ora kêdhap paningale marang sakèhing dumadi lan dadining bumi langit lan kabèh kang ana ing kono. Kabèh iku sipating Pangeran; ora ana pati ora una [8] urip, uripe wis nunggal lan kang Mahasuci.

Ênggone ngêjur badan awit wis wêruh sajatining lara pati, (iku dudu barang-barang), mula wis ora ana kang disumêlangi, wêkasan ngilangake wêdi. Aja ngrasani pati, aja sêdya matèni, iku ora kêna; akèh bangêt larangane. Sing sapa sêdya matèni, mêsthi uga ginantungan ukum pati, awit ing dunya iku anane mung wêwalêsan.

Ing pada 17 sêrat Nitisruti mungêl: rèhne pangiwa sampun kinawi, kasujanan sujana sarjana, mingis ingungas gandane, pan wus kinirtèng kidung, koja lawan sang natèng Mêsir, rèh sang para sujana, anjarwakên wuwus, wignyaning pradnya gitadnya, kasusilan lan salungguhing naya'di, yan ika kadriyana.

Têgêsipun: ing layang-layang kang dudu asli agama Islam wus padha mratelakake mungguh pêpathokaning kasujanan, lakune para sujana, sarjana. Iku yèn ko inguk mêsthi krasa (yèn ko waca kowe mêsthi wêruh). Ana manèh lêlabêdane Sang Kojajajahan lan ratu ing Mêsir iya wis didadèkake carita kidung. Wis akèh para sujana ênggone ngandharake piwulang, sangka kawruhe olèh saka layang-layang kuna bab kasusilan lan dununging laku kang bêcik; iku bae lêbokna ing atimu.

Koja lawan Sang Natèng Mêsir ing ngriki gênah sêrat Kojajajahan ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng; anandhakakên bilih sêrat Nitisruti langkung ênèm.

Pancènipun têtêmbunganipun sêrat Nitisruti punika sae sangêt; nanging ungêl-ungêlanipun sampun kathah ingkang risak. Sêrat ingkang sampun risak punika sampun nate kacithak mawi aksara Jawi, dipun damêl tigang kolom: kawi, jarwa, surasa. Ingkang nyithak, bilih kula mbotên kêlintu, drukkerij "De Langen" ing Surakarta kala taun 1871.

54. Sêrat Nitipraja

Sêrat punika kenging dipun wastani adhinipun sêrat Nitisruti. Mèh sabarang-barangipun ingkang dipun tiru Nitisruti. Dalah isinipun inggih kathah èmpêripun; wosipun wulang dhatêng para luhur ing nagari, bab pangulahing praja saha angêmong dhatêng tiyang alit.

Murih têrangipun bilih Nitipraja punika adhinipun Nitisruti, kula pêthikakên wiwitanipun sakêdhik.

Page 62: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Kadi silêm ing sagara gêni, rasaning driya eka sangkala, duk linakwan panyarike, Nitipraja ingapus, dening midha pracaya ngapti, amiyatèng sarira, anglêngkara punggung, kumawi paksa utama, kwèhning jana prahita tan winigati, kêdah ingalêm wignya.

Sampun kagiwang ing krama yakti, ilang kelangan dadi kapapa. Puwara rusak ragane, dumadak kapisandung, lamon sira tan wrin paranti, raganira lwir ratna, ing sela dinulu, dadarên sadina-dina, aja tungkul ing silakrama prayogi, dadi dêling ing raga.

Lamon sira tinitah bupati, anganggeya kasudarman, dèn kadi surya padhange, sumadyaa lwir ranu, munggwing'cala Himawan êning, mwang kadi ta samudra, pamotirèng tuwuh, rahing amawi santana, wruhanira lwir warsa taru lata'nglih, mangsaning labuh kapat.

Mêndhung galudhug dhawuhing riris, kang dèn pinta dening bala kosa, dèn tahênakên awake, kajawêhan angrêmbun, enggar-enggar dènira amrih, kula busana boga, wanita dèn yun-yun, iku ta sadyaning bala, yèn anyidra ing dana kramaning asih, tan wande janma sunya.

Makatên salajêngipun.

Pêthikan ing nginggil punika sampun anelakakên cêtha bilih ingkang dipun tiru, sêrat Nitisruti. Dalah sêngkalanipun inggih wontên ing wiwitan, tur têmbungipun ingkang dipun angge inggih mèmpêr; gêni rasa driya eka = 1563 taun Jawi = 1641 taun Masehi, dhawah ing salêbêting jumênêngipun Sinuwun Sultan Agung ing Mataram. Amila sêrat Nitipraja punika dipun cariyosakên yasanipun Sinuwun Sultan Agung, punika inggih wontên èmpêripun.

Sêrat Nitipraja inggih mratelakakên sêrat Kojajajahan, langkung panjang katimbang wontên ing sêrat Nitisruti. Ungêlipun makatên:

Wontên pêpatihing Raja Mêsir, umung kaloka tinêpa-têpa, Kojajajahan wastane, bala Mêsir kawêngku, saparentahira ngecani, para ratu kabala, samyasih alutut, sakathahing para nata, yèn aseba asamodana ing patih, mantri sakancanira.

Sinogata kwèhing tandha mantri, para ratu kang ayun aseba, tinuwukan sakarsane, busana wastra luhung, sabuk layan dasthar sumaji, têkèng jawi warata, baksana lumintu, sêsampuning andrawina, sami mijil asewakèng sri bupati, Koja lumakwèng wuntat.

Têtiga panakawanira'sri, kang anggawa cis upacaranya, kaskul lawan lulunggule, akampuh wastra lusuh, akulambi tambal raspati, sabukipun kaloka, nyampingipun wulung, kris landheyan bêbêngukan, dènya patih tungkul ing susilanya'di, patine kênèng cidra.

Pêthikan ing nginggil punika nandhakakên bilih sêrat Kojajajahan kala jaman Mataram misuwur sangêt.

Sêrat Nitipraja gadhahan kula ungêl-ungêlanipun kina sampun kathah ingkang dipun ewahi dening ingkang nurun. Wondene pêthikan ing nginggil punika ungêl-ungêlanipun ingkang taksih sawatawis tulèn, awit pêndhêtan saking têtandhinganing sêrat kina, ingkang kasimpên wontên ing Musium Jakarta.

Page 63: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

55. Sêrat Sewaka

Sêrat punika isi piwulang dhatêng tiyang ingkang ngèngèr. Yèn kapêthik wiwitanipun kemawon sampun sagêd cêtha dhatêng kajênging piwulang wau. Wiwitanipun makatên:

Layang sewaka manira ngawi, jalma paksa kawayang buwana, sakala duk pangapuse, têpa palupinipun, rèhning sumawita bupati, aywa manah nalimpang, ing warah lan wuruk, ing purwa madya wasana, aywa lali ing tata kalawan titi, takona têtirona.

Satyane kang antuk sihing gusti, angawula sêdyakêna tapa, gusti pètên barêkate .... makatên salajêngipun.

Sêrat punika mawi angka taun warni sêngkalan: jalma paksaka wayang buwana = 1621 utawi 1699 taun Masehi; inggih punika jamanipun Sinuwun Mangkurat, ingkang raka Sinuwun P.B.I (Pangeran Pugêr).

Basanipun sêrat punika sampun nama basa Jawi jaman samangke, kajawi têmbung satunggal kalih, ingkang ing samangke sampun botên kangge ing têgês punika. Kados ta satya ing ngriki têgêsipun: sumpah; luwang = kang wisklakon = adat. Grêban, basanipun sêrat Sewaka punika sae, dlodor-dlodor, cêtha, botên kêkathahên cengkok. Punika pêthikanipun sawatawis:

15. Ingkang aguna sarana sêkti, awiwitan tabêri ing kina, mila luhur darajate, ing wong sungkanan iku, nistha ala-alaning jalmi, sarèhe wong ngawula, gusti prihên butuh, ngunguna sasêpinira, wong kang guna kalah dening wong tabêri, kang agriyèng pasowan.

16. Wong tabêri matane lan kuping, kang amuruk ing sadina-dina, wêkasan dadi pintêre, kang katon kang karungu, kang abêcik dipun wêwuri, gumarit ing wardaya, dèn tarimèng wuruk, tan nalimpangakên warah, lamon ana wuruking mata lan kuping, age laksanakêne.

17. Lan aja pêgat aminta wisik, wuruking kanca rewang sapangan, kabèh prihên barêkate, kulanana sadarum,[9] agêng alit prihên padha'sih, yèn ingaruh-aruhan, solahe kang dudu, narima'ge owahana, tarimanên wong iku nyata yèn asih, tandhane asung warah.

18. Iku mulane wong dadi bangkit; kang bodho datan narimèng warah, warêngkêng awèt bodhone, yèn kajog kapisandhung, arus amis akèh kang gêthing, sami sêngit sadaya, tan ana'sung wêruh, angangge karêpe dhawak, tuna liwat ing budi tan dèn kawruhi, wêkasan untuk walat.

Sêrat Sewaka punika kala taun 1851 sampun kacithakakên dening J. A. WILKENS mawi aksara Jawi saha prêtalan ing basa Walandi. Nanging têmbung-têmbung ingkang sawatawis kina, sampun kathah ingkang dipun santuni têmbung enggal. Makatên ugi purwakanipun inggih dipun santuni babarpisan, dening ingkang nurun, namanipun SUMADIRANA. Sangkalan ingkang pinanggih wontên ing purwaka enggal punika mungêl: naga candra rêsi tunggal = 1718 taun Jawi; dados mèh kaot satus taun kaliyan sêngkalan ingkang tulèn.

56. Sêrat Menak

Page 64: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Nalika agami Islam sampun lumêbêt ing tanah Jawi, cariyos-cariyos Islam ugi lajêng tumut malêbêt, ingkang kathah mawi mampir dhatêng basa Malayu rumiyin. Nanging lêbêtipun satunggal-tunggaling sêrat wau botên kasumêrêpan têrang kala punapa. Namung sêrat Menak, punika kenging dipun têmtokakên bilih kala jaman Mataram sampun dados sêrat basa Jawi.

Mênggah babonipun sêrat Menak punika cariyos saking tanah Pèrsi; kadadosakên sêrat basa Malayu rumiyin, nama Hikayat Amir Hamzah, lajêng sawêg kajawèkakên dados sêrat Menak wau.

Ingkang dipun angge wiwitaning cariyos, Kangjêng Nabi Mohammad andangu dhatêng Bagindha Abas, kadospundi lêlampahanipun Bagindha Ambyah, ingkang wontên ing sêrat Menak lajêng karan Wong Agung. Wondene Bagindha Ambyah punika sadhèrèk kaliyan Bagindha Abas sarta kalêrês pamanipun Kangjêng Nabi.

Mênggah ingkang dipun cariyosakên, wosipun mêmêngsahanipun Wong Agung Menak kaliyan Prabu Nursewan, ratu ing Madayin. Wong Agung punika agaminipun Islam, Sang Nursewan taksih kapir. Mangka Wong Agung wau krama angsal Dèwi Muninggar, putranipun Sang Nursewan. Punika ingkang anjalari dados cariyos ngambra-ambra, panjang sangêt, ambosêni. Awit pun mantu mbotên têgêl mêjahi marasêpuhipun; dene marasêpuhipun, yèn kawon pêrang tamtu lajêng ngungsi dhatêng ratu sanès, ingkang gadhah adi èstri. Lajêng prang malih kaliyan Wong Agung. Wong Agung mêsthi kawon rumiyin, lajêng dipun tulungi putri wau, dados garwa, lajêng prang malih, ratu ingkang dipun pundhuti tulung Prabu Nursewan kawon, têluk manjing Islam; Prabu Nursewan mlajêng, nêdha tulung dhatêng ratu sanèsipun malih, lajêng têrus makatên salajêngipun. Têmtunipun inggih wontên sontan-santuning cariyos, nanging grêbanipun, kados ragangan ing nginggil punika.

Sêrat Menak ingkang samangke pinanggih sêpuh piyambak, punika, kasêrat kala taun 1639 taun Jawi, saking karsanipun Kangjêng Ratu Mas Balitar, garwa dalêm Ingkang Sinuwun Paku Buwana I (Pangeran Pugêr) ing kraton Kartasura. Ingkang kadhawuhan nyêrat nama Ki Carik Narawita, mantunipun Ki Carik Waladana. Nanging punika mbotên nyêrat ingkang kawitan, sampun kantun nurun saking babon ingkang langkung sêpuh.

Cariyosipun sêrat Menak Kartasura punika taksih mèpèt sangêt dhatêng Hikayat Amir Hamzah; tur têtêmbunganipun inggih taksih kêtawis têmbung pasisir, laguning kêkidungan taksih mambêt kêkidungan Jawi têngahan, kêtawis anggènipun kêrêp ngangge têmbung rêke, rêko, tan asari, tan asantun saha katèngsun, sapanunggilanipun. Têmbangipun Sinom pada lingsa ingkang angka 3 taksih kêrêp dhawah o.

Mênggah jênggêrênging dhapukan cariyos, sêrat Menak punika plêg kaliyan sêrat Panji. Ing nginggil sampun kaaturakên bilih sêrat Panji ingkang wiwitan, punika saking saenipun ngantos dados contoning sêrat macapat. Makatên ugi sêrat Menak punika ing raos inggih sêrat Panji, namung nama-namaning tiyang ingkang dados lampahan, ingkang beda. Dayaning sêrat

Panji dhatêng sêrat Menak punika kêtingal cêtha wontên ing têmbung Radèn Galuh = Dèwi Muninggar, utawi putri sanèsipun. Makatên ugi namanipun Wong Agung: Jayèng anu, Jayèng anu, punika inggih pêndhêtan saking sêrat Panji.

Page 65: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Wontên ing jaman Jawi Sêlam sêrat Menak punika dipun rêmêni ing tiyang sangêt, saking anggènipun andamêl propagandha agami Islam. Saking tiyang kathah sami rêmên, ngantos anjalari wontênipun cariyos Menak Pang, ingkang botên sakêdhik cacahipun, tur sumêbar ngantos dumugi ing tanah Sasak, pulo Lombok saha ing Palembang. Sêrat Menak Palembang saha Sasak punika ingkang sêpuh, basanipun taksih Jawi tulèn, ingkang ênèm radi kêcampuran têmbung utawi rimbagan Sasak sawatawis.

Sêrat Menak Pang punika ingkang misuwur piyambak nama

57. Sêrat Rêngganis

Ingkang dipun cariyosakên: wontên satunggaling pandhita tapa wontên ing rêdi Argapura; sang pandhita wau kala rumiyin jumênêng nata wontên ing nagari Jamineran. Sarêng kagungan putra putri satunggal, kaparingan nama Dèwi Rêngganis; botên dangu garwanipun seda, sang prabu lajêng tilar kaprabon.

Dèwi Rêngganis dipun opèni ingkang rama piyambak wontên ing patapan. Labêt putraning pandhita, sang dèwi alit mila sampun rêmên tapa; ingkang dipun dhahar namung sarana nêsêp maduning sêkar-sêkar, amila inggih sakti sangêt, sagêd mabur.

Pangeran Kelan, ugi karan Sang Rêpatmaja, sampun krama angsal putri ing Jamintoran, nama Dèwi Julusulasikin, nanging botên karsa atut. Sang radèn damêlipun namung amêng-amêng wontên ing patamananipun, nama Banjaransari.

Ing satunggaling wêkdal Dèwi Rêngganis amêng-amêng dhatêng patamanan wau, mêthik sêkar, madunipun dipun dhahar, lajêng kesah malih. Pangeran Kelan tampi palapuran bilih sêkar ing patamanan kêrêp ical; ingkang mêndhêt dipun têlik, wasana kêpanggih: Dèwi Rêngganis; sang radèn kedanan sangêt. Sang dèwi dipun grêgik dening sang radèn karsaa dados garwa, nanging sang dèwi botên karsa yèn botên dipun maru kaliyan putri ing Mukadam, nama Dèwi Kadarmanik.

Dèwi Rêngganis kêrêp sangêt wungsal-wangsul dhatêng patamanan nanging botên wontên ingkang sumêrêp kajawi Pangeran Kelan piyambak; amila manawi sang pangeran pinuju ngungrum, dipun wastani gêrah ewah dening para nyai ingkang sami ngladosi.

Wong Agung mirêng bilih Pangeran Kelan gêrah, tur botên rêmên dhatêng Dèwi Julusulasikin, lajêng dhawuh amboyong sang pangeran sagarwa dhatêng kadhaton. Gêrahipun Pangeran Kelan saya nglayung; dipun aturi atut kaliyan ingkang garwa, botên karsa.

Dèwi Rêngganis rawuh malih; Pangeran Kelan mapagakên, ngungrum; tiyang-tiyang sami bingung, sang radèn dipun wastani kimat. Kèndêl-kèndêl manawi Sang Rêngganis sampun kesah malih.

Ing satunggaling wêkdal Sang Rêngganis rawuh malih; sang pangeran dipun jak sowan ingkang rama dhatêng patapan Argapura. Dèwi Rêngganis mabur, sang radèn gondhelan sampur, dumugi ing patapan sang radèn lajêng marêk dhatêng sang pandhita.

Page 66: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Ing kratonipun Wong Agung gègèr dening icalipun Pangeran Kelan. Umarmaya kadhawuhan madosi. Umarmaya takèn dhatêng sang pandhita nama Sèh Dul Kurès, dipun cariyosi panggenanipun Pangeran Kelan, nanging Sang Umarmaya mbotên suka nusul; kadhawuhan têrus kemawon dhatêng nagari Mukadam. Awit Prabu Nursewan wontên ing ngriku, minta sraya dhatêng Ratu Mukadam. Malah Dèwi Kadarmanik sampun kadhaupakên kaliyan Radèn Hirman, putranipun Prabu Madayin; nanging sang putri botên karsa atut.

Bala ing Mukadam punika sanès tiyang; balanipun rêca tosan ingkang kenging kaparentah prang; nujumipun ingkang juru marentah prajurit rêca wau nama Sang Majusi. Sang Majusi sampun sumêrêp bilih badhe wontên pandung nêlik (Sang Umarmaya), amila dhawuh supados prayitna. Umarmaya dhatêng, masang sirêp, nanging botên tumama, malah ngantuk piyambak, wasana tilêm. Kasangipun kacanthèlakên wontên ing pucuking wit-witan. Umarmaya dipun dêkêp dening bala Mukadam, dipun upasi saha lajêng dipun lêbêtakên ing sumur wisa. Ing Mukadam lajêng pista bingah-bingah.

Dèwi Kadarmanik susah sangêt, ngajêng-ajêng rawuhipun mitra saha gurunipun, inggih punika Dèwi Rêngganis. Sang Kadarmanik sampun lumêbêt agami Islam. Dèwi Rêngganis rawuh kaliyan Pangeran Kelan, nanging sang radèn dipun tilar wontên ing jawi. Dèwi Kadarmanik muwun awit botên rêmên dhatêng Sang Hirman. Sarêng Dèwi Kadarmanik dipun rapu dening Dèwi Rêngganis, lajêng sare. Dèwi Rêngganis mêdal, Pangeran Kelan dipun aturi malêbêt gêntos, tunggil sare kaliyan Dèwi Kadarmanik. Sang dèwi kagèt, dene sandhing tiyang jalêr; sang radèn ngandika bilih panjênênganipun punika Dèwi Rêngganis malih dados kakung; nanging Sang Kadarmanik taksih kêdhih-kêdhih. Sarêng sang dèwi mêksa dèrèng sagêd tutut, sang pangeran mêdal. Enjingipun kondur dhatêng ing Argapura kaliyan Dèwi Rêngganis.

Ing pandhapi kraton para pangagêng taksih sami pista bingah-bingah. Radèn Hirman, sampun wuru, lumêbêt ing kadhaton murugi Dèwi Kadarmanik. Sang dèwi tutup kontên; para parêkan sami mlajêng, gila. Wontên inya ingkang matur dhatêng Radèn Hirman, bilih dèwi Kadarmanik sêmados. Radèn Hirman bêngak-bêngok ngungrum saking jawi, lajêng kesah kaliyan bêkah-bêkuh.

Dèwi Kadarmanik ngajêng-ajêng rawuhipun Dèwi Rêngganis. Dèwi Rêngganis saèstu rawuh kaliyan Pangeran Kelan; sang dèwi kèndêl wontên ing jawi, Pangeran Kelan ingkang lumêbêt, dipun kintên Dèwi Rêngganis awarni kakung. Solahtingkahing kakung putri wontên ing kamar, nanging Pangeran Kelan mbotên karsa ngrisak pagêring kasusilan, lajêng mêdal. Botên dangu Dèwi Rêngganis malêbêt. Sang Kadarmanik bingah dene Dèwi Rêngganis sampun awarni putri malih. Sarèng Dèwi Rêngganis sampun walèh anggènipun andamêl sulapan, Dèwi Kadarmanik dipun dhawuhi krama angsal Pangeran Kelan. Bab Radèn Hirman tamtu badhe wontên wasananipun.

Radèn Hirman dhatêng malih, sampun wuru sangêt; bêngak-bêngok nêdha dipun papagakên. Dèwi Rêngganis api-api dados Dèwi Kadarmanik matur dhatêng Radèn Hirman, yèn dèrèng sagêd ngladosi. Sang Hirman mundur kanthi gêlaning panggalih. Dèwi Rêngganis wangsul lumêbêt kaliyan Pangeran Kelan; bab krama lajêng dipun rêmbag têrang-têrangan.

Page 67: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Wong Agung ngandikan bab icalipun Pangeran Kelan lan bab sedanipun Radèn Umarmaya. Radèn Maktal ngaturakên katrangan panjang lebar. Bala ing Arab dipun rakit badhe nglurug dhatêng Mukadam. Prabu Nursewan ngandika dhatêng Raja Mukadam bilih sampun giris sangêt dhatêng tindakipun Wong Agung; Prabu Mukadam botên patos praduli. Bala Mukadam inggih sampun katata badhe mapag prang bala Arab. Bala rêca sampun karakit, lajêng campuh prang kaliyan bala Arab. Bala Arab kasêsêr.

Radèn Umarmaya wotên ing salêbêting sumur wisa, ngajêng-ajêng pitulungan saking Pangeran Kelan. Pangeran Kelan, Dèwi Rêngganis saha Dèwi Kadarmanik taksih kêmpal, mirêng wiraosaning tiyang bab kawontênanipun Radèn Umarmaya wontên ing sumur wisa. Pangeran Kelan saha Dèwi Rêngganis murugi dhatêng panggenanipun Sang Umarmaya, lajêng dipun jampèni saha kawêdalakên saking sumur wisa, têrus sami dhatêng nagari Mukadam. Kasang sampun kapêndhêt malih.

Wong Agung ngajêng-ajêng dhatêngipun Sang Umarmaya, awit Wong Agung kraos bilih Sang Umarmaya dèrèng seda. Raja Mukadam saha Prabu Nursewan sami pista agêng-agêngan awit bala Arab sampun risak.

Radèn Umarmaya saha Dèwi Rêngganis kaliyan Pangeran Kelan sampun sami ngêmpal kaliyan Wong Agung, sawêg ngrêmbag risaking bala. Dèwi Rêngganis matur bilih wadhah toya panggêsangan gadhahanipun Sang Majusi kêdah dipun rêbat rumiyin; awit manawi punika taksih, bala rêca botên sagêd risak. Ing nalika punika bala Arab ingkang sakit sampun sami saras. Gamêlan sampun mungêl. Prabu Nursewan mirêng gamêlan ing pasanggrahanipun Wong Agung, miris sangêt; ngintên bilih Sang Umarmaya sampun wangsul. Raja Mukadam ngrapu dhatêng Raja Nursewan, ngandika bilih Sang Umarmaya sampun pêjah.

Bala Arab sampun tata malih. Sang Umarmaya ngagêm kopyah pusaka, mbotên kêtingal ing tiyang, lajêng dhatêng dunungipun Sang Majusi kaliyan Dèwi Rêngganis. Sang Majusi kedanan Dèwi Rêngganis. Dèwi Rêngganis purun ngladosi yèn dipun sukani toya panggêsangan sawadhahipun. Wadhah toya dipun sukakakên, nanging lajêng dipun pêcah dening Sang Umarmaya, toyanipun mawut-mawut. Kasaktènipun Sang Majusi inggih ical babarpisan. Sang Majusi lajêng kapikut, dipun banda. Sang Majusi sampun dipun kunjara, bala Arab mangsah sêsarêngan. Bala rêca risak babarpisan. Raja Mukadam saha Prabu Nursewan lumêbêt ing kitha, tutup kontên.

Kocapa putri Cina, nama Sang Widaninggar, sadhèrèkipun putri Cina Sang Adaninggar, ingkang seda prang kaliyan Dèwi Kelaswara. Sang Widaninggar sumêdya malês ukum sedanipun Dèwi Adaninggar dhatêng Pangeran Kelan, putranipun Dèwi Kelaswara. Sang Widaninggar, kadhèrèkakên prajurit èstri, mangkat nglurug, badhe suka bantu dhatêng raja ing Mukadam. Sang Widaninggar kagungan guru, nama sang Widaningrum, putranipun putri Sang Ijajil. Sang Widaningrum wau, ingkang maringi praboting prang dhatêng Sang Widaninggar, kados ta: kapal ingkang sagêd mabur, saha bala jim kapir.

Sarêng putri Cina sampun dumugi ing Mukadam, Prabu Nursewan saha Prabu Mukadam bêgrak malih. Pêrang sampun wiwit malih; Pangeran Kelan mêngsah putri Cina, mèh kawon lajêng dipun tulungi dening Dèwi Rêngganis.

Page 68: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Putri Cina rêmbagan kaliyan Sang Widaningrum bab anggènipun badhe mangsah prang malih; Sang Widaningrum dipun sungga-sungga sangêt. Pangeran Kelan rêmbagan kaliyan Dèwi Rêngganis saha Dèwi Kadarmanik bab pêrangipun. Sang radèn mbotên uninga bilih mêngsahipun tiyang èstri.

Sang Widaningrum ing wanci dalu nyolong kasangipun Sang Umarmaya dipun paringakên dhatêng putri Cina, sarwi wicantên: "saiki aja sumêlang". Saicalipun kasangipun Sang Umarmaya tiyang Arab sami bingung. Dèwi Rêngganis sagah manggihakên kasang. Sarêng sampun campuh prang malih, Dèwi Rêngganis mêngsah Sang Widaninggar; Sang Widaninggar kawon; Sang Widaningrum majêng prang, Dèwi Rêngganis kawon. Bala Arab saya risak. Wong Agung tansah nyênyuwun pitulungan ing Pangeran.

Dèwi Rêngganis isin sangêt dene botên sagêd ngêntasi damêl; sang dèwi lumajêng dhatêng patapanipun ingkang rama, dipun dhawuhi, supados nêdha tulung dhatêng Dèwi Kuraisin. Dèwi Rêngganis mabur dhatêng ing Ajrak. Kèwi Kuraisin kraos panggalihipun bilih ingkang rama manggih pakèwêd, lajêng utusan ingkang paman Sang Radasatir nuwèni Wong Agung.

Dèwi Rêngganis dumugi ing Ajrak; sarêng pinanggih Dèwi Kuraisin lajêng enggal-enggal mangkat ambantu kadhèrèkakên bala jim Sêlam. Wong Agung tansah prihatos. Pasanggrahanipun dipun kêpang maju pat. Dèwi Kuraisin, Dèwi Rêngganis saha Sang Radasatir dhatêng, mangsah prang. Mêngsah risak. Sang Widaninggar seda; Sang Widaningrum kabanda lajêng kabuncang têbih. Prabu Nursewan lumajêng.

Dèwi Kuraisin saha Dèwi Rêngganis sami sowan dhatêng ingkang rama, Wong Agung. Bala Cina èstri kawan dasa sami têluk lumêbêt agami Islam. Kasangipun Sang Umarmaya sampun kêpanggih malih. Ratu ing Mukadam ugi têluk saha manjing Islam. Dèwi Kuraisin wangsul dhatêng ing Ajrak. Pangeran Kelan saèstu dhaup kaliyan Dèwi Rêngganis saha Dèwi Kadarmanik.

Prabu Nursewan têrus lumajêng dhatêng Nusantara mundhut tulung dhatêng Prabu Kêndhit Birayung.

Lampahing cariyos Menak Kêndhit Birayung mèh sami kemawon kaliyan ingkang sampun kaaturakên ing nginggil punika.

Sami-sami cariyos Menak Pang, sêrat Rêngganis punika dipun alêm sae sangêt dening para ahli sêrat-sêrat Jawi bangsa Walandi. Pancèn inggih sae sayêktos; nanging inggih namung panggenan sampyêngipun Pangeran Kelan kaliyan Dèwi Rêngganis. Panggenan sanèsipun inggih sêmpêlah, dening namung têrus pêrang-pêrangan thok.

Solah wicaranipun Dèwi Rêngganis sae sangêt. Sang bujangga anggènipun anggambar kados inggih-inggiha sayêktos. Tangkêbipun sang dèwi dhatêng Pangeran Kelan, rumêsêp, nanging kêsit, anggrêgêtakên manah. Upami dipun tirua dening para mudha jaman samangke ingkang sampun ngagêm pêrlup-pêrlupan, kintên kula prayogi sangêt. Pangeran Kelan samantên ugi, inggih kados jêjaka ingkang sawêg berag, tur dipun lêlaga; panggalihipun manasi nanging mbotên mawi duka, rêmênipun saya mêmpêng.

Page 69: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Mênggah saening sêrat Rêngganis, punika wontên sababipun. Inggih punika, sampyêngipun Dèwi Rêngganis kaliyan Pangeran Kelan, punika nyengkok sampyêngipun Radèn Panji kaliyan Dèwi Angrèni. Ing ngriki saya katingal cêtha, bilih sêrat Panji punika agêng sangêt dayanipun dhatêng sêrat carita sanès-sanèsipun ingkang langkung ênèm.

Dipun cariyosakên bilih sêrat Rêngganis punika damêlanipun Rangga Djanur, bujangga ing karaton Kartasura. Punapa inggih yêktos makatên, punika naming kasumanggakakên. Nanging bilih sêrat Rêngganis wau damêlan kala jaman Kartasura - wontên pundi saha sintên plêngipun ingkang andamêl, punika botên dados punapa - kados kenging katamtokakên. Lêlawaning [10] basa taksih cêlak sangêt kaliyan sêrat Menak Kartasura kasêbut ing nginggil.

58. Sêrat Manikmaya

Sêrat punika ugi dipun cariyosakên damêlan kala jaman Kartasura; ingkang andamêl nama Kartamursadhah. Nama ingkang awasana ah, punika adatipun nama sadhèrèk Sundha. Punapa Kartamursadhah punika inggih sadhèrèk saking Pasundhan, punika botên patos têrang. Nanging têrang bilih wiwit kala jaman Mataram ngantos dumugi jaman Surakarta awal, para sadhèrèk Sundha, manawi badhe sinau tatakrama saha basa Jawi, lajêng gêgriya ing têlênging kraton Jawi. Putra utawi santananipun para bupati ing Priyangan, punika kala jaman samantên kathah ingkang dipun dunungakên wontên ing têlênging Kraton Jawi, supados sinau tatakrama saha basa Jawi, ngiras ngangsu kawruh kajawèn Islam dhatêng para ngulama ingkang dêdunung cêlak kaliyan kraton. Mbokmanawi Kartamursadhah punika ugi tunggilipun santananing bupati Priyangan, ingkang adêdunung wontên ing Kartasura.

Mênggah ingkang dipun cariyosakên sêrat Manikmaya wau warni-warni sangêt. Manawi dipun tinggali[11] piyambak makatên, cariyosipun sajak prakawis dakik-dakik, nanging manawi dipun wawas saking sêrat Tantupanggêlaran ingkang sampun kaaturakên ing nginggil, cariyosipun lajêng katingal pating clêbung botên kantên-kantênan. Awit sampun têrang sangêt bilih ingkang dipun cariyosakên wau pêndhêtan saking sêrat Tantupanggêlaran, mawi dipun wêwahi dongèng-dongèng Jawi ingkang kala samantên sampun mratah. Namung pamêndhêtipun cariyos saking sêrat Tantupanggêlaran wau sajakipun inggih mbotên mawi pangrêtos ingkang têrang; namung saking pamirêng kemawon. Tandhanipun kados ing ngandhap punika.

Wiwitanipun sêrat Manikmaya punika nyariyosakên dumadosing dunya kala sakawit; ungêlipun makatên:

Lumaksana sêkar sarkara'mrih, pininta maya maya'nggêng ulah, kang winarna pituture, duk masih awang-uwung, durung ana bumi lan langit, nanging Sang Hyang Wisesa, kang kocap rumuhun, mênêng samadyaning jagad, datan arsa mosik jroning tyas maladi, êning anêgês karsa.

Amurwèng anggana ngganya titis, titising driya tan ana kang lyan, pribadi datan asuwe, miyarsa'kên swara sru, tan katingal uninya kadi, gêntha sakala kagyat, sary'non antêlu, gumantung nèng ngawang-awang, gya cinandhak sinanggèng asta pinusthi, dadya tigang prakara.

Page 70: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Saprakara dadya bumi langit, saprakarane teja lan cahya, Manikmaya katigane, kalih prasamya sujud, ing padane sang mahamuni, Sang Hyang Wisesa mojar, dhatêng Sang Hyang Guru, èh Manik, wruhanireka, sira iku ananingsun ingsun iki, èstu kahananira.

Ingsun pracaya sakalir-kalir, saisine jagat pramudita, sira wênang ndadèkake, .... makatên salajêngipun.

Kados sampun cêtha bilih ungêl-ungêlan ing nginggil punika pêndhêtan saking sêrat Tantupanggêlaran. Namung sêrat Manikmaya mratelakakên, bilih Sang Manik punika dados Bathara Guru, Sang Maya dados Sêmar.

Dumadosipun Bagawan Kanekaputra (Narada) inggih kasêbut, wontên ing pupuh 1 pada 29-30. Ingkang prêlu kaaturakên ing ngriki, gandhèngipun kaliyan tuwuhing sêrat-sêrat Jawi ingkang langkung ênèm, inggih punika anggènipun Bathara Kala tansah ngoyak-oyak Dèwi Sri, badhe kapundhut garwa. Cariyos punika lajêng sumêbar wontên ing sêrat-sêrat Jawi sanèsipun, kados ta: sêrat Panji Jayakusuma, Panji Angrèni bageyan angka tiga. Babad Tanah Jawi lan sanèsipun malih.

Cariyosipun Bathara Kala wontên ing Pangruwatan, ugi sampun kalêbêt; bab tanah Jawi gonjang-ganjing lajêng dipun êntêbi rêdi Jamurdipa, inggih wontên. Cêkakipun kathah sangêt bab-bab ing sêrat Manikmaya ingkang pêndhêtan saking sêrat Tantupanggêlaran. Ingkang nama wêwahan enggal, inggih punika cariyosipun Ajisaka; pêthikanipun kados ing nganyap[12] punika. Pupuh 2 pada 9-10, ungêlipun makatên: Empu Brahmakêdhali sampun ayoga, wasta sang Anggajali, Anggajali putra, jalu wus pinaraban nama Êmpu Sangka Adi, umasuk Islam, nyabat jengira nabi. // Punika kang mêncarkên aksara Jawa .... salajêngipun.

Êmpu Sangka Adi ing ngriki punika ingkang dados Aji Saka ing sêrat-sêrat Jawi ingkang langkung nèm. Taksih kathah cariyos sanèsipun. Kêkathahên upami kapratelakna sadaya. Ing ngriki namung badhe kula pêthikakên malih ungêl-ungêlan sakêdhik, kados ing ngandhap punika (Pupuh 6 pada 34-35): .... Sang Prabu Mêndhangkamulan, èngêt dhatêng wirayat kondur tan aris, lawan sabalanira. // cèlèng kuthila samya bêriki, kang kacandhak gigire karowak, saya sangêt palayune, prasamya rêbut dhucung sampun têbih praptèng jro puri, sri bupati sineba, pêpak punggawa'gung, jaka puring anèng ngarsa ... salajêngipun.

Ungêl-ungêlan ing nginggil punika mbotên kenging mbotên tamtu pêndhêtan saking, utawi ingkang dados, ungêl-ungêlan sêkar kilayu nêdhêng ing ngandhap punika:

Nêmbang têngara, mundur sawadyane, nêdya kundur jroning puraya; cèlèng kuthila, samya ambarisi, kang katrajang gègèrira karowan. // sangsaya sangêt palayuning bala, dadya rêbut dhucung sampun atêbih, praptèng jro pura, sang nata sineba, pêpak punggawa lir kilayu nêdhêng.//

Ungêl-ungêlan kêkalih ing nginggil punika ingkang sêpuh ingkang pundi, punika angèl sangêt anggènipun nêtêpakên. Punapa kala rumiyin wontên sêrat Manikmaya sêkar agêng; punapa sêrat Tantupanggêlaran nate wontên ingkang mawi sêkar agêng; pitakenan punika sadaya ing samangke sampun botên utawi dèrèng sagêd mangsuli cêplos. Namung sareka-rekananeya sêrat

Page 71: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Manikmaya dèrèng ngêwrat cariyos bab para nabi, kajawi ing pêthikan Aji Saka kasêbut ing nginggil.

Sêrat Manikmaya sampun kacithak wontên ing Verhandelingen Bat. Gen. babak 24 mawi aksara Jawi kala taun 1852. Prêtalanipun ing basa Walandi dening C. F. WINTER wontên ing TIJDSCHRIFT VAN NED. INDIË, taun ka-4, babak 1.

59. Sêrat Ambiya

Lêbêtipun cariyos Menak dhatêng tanah Jawi kala jaman Mataram utawi sadèrèngipun, punika udakawis sarêng kaliyan lêbêtipun cariyos Arab sanès-sanèsipun. Kados ta sêrat Ambiya.

Sêrat Ambiya punika ingkang dipun cariyosakên, nalika Gusti Allah wiwit nitahakên dunya. Ingkang dumados rumiyin: cahya lajêng kênthêl dados sêsotya, lajêng dados toya, lajêng unthuk; unthuk punika ingkang lajêng dados langit pitu, bumi pitu. Makatên salajêngipun, lajêng mratelakakên nalika Nabi Adam dipun damêl; dumadosipun Ibu Kawa; iblis anggodha, salajêngipun Bapa Adam kaliyan Ibu Kawa tumurun dhatêng dunya, lajêng pêputra sabên sawêdalan dhampit. Sarêng putra-putra sampun sami diwasa, karsanipun Nabi Adam, ingkang awon angsal ingkang sae; ibu Kawa botên nayogyani; karsanipun ingkang awon angsala ingkang awon, ingkang sae angsal sae. Nabi Adam kaliyan Ibu Kawa darêdah anjalari miyosipun Nabi Sis tanpa ibu.

Saèstu putranipun Nabi Adam ingkang sae angsal ingkang awon; nanging wontên ingkang sae sami sae minggat dhatêng nagari Cina, lajêng sami nêmbah brahala.

Lajêngipun nyariyosakên lêlampahanipun sang Habil kaliyan sang Kabil rêbatan garwa ayu, ngantos kêlampahan sang Habil dipun pêjahi dening sang Kabil. Sang Kabil lajêng kenging durakaning Pangeran, kajêpit ing siti, têrus amblês lumêbêt ing naraka.

Nabi Adam dipun rencangi dening malaekat Jabarail, wiwit sinau nyambut damêl: pandhe, damêl prabot-prabot; dipun paringi wiji sawarnining wiji tatêdhan.

Nabi Sis ingkang botên kagungan gandhengan dipun paringi jodho widadari nama Dèwi Mulat. Sasedanipun Nabi Adam, Nabi Sis ingkang anggêntosi dados kalipatullah. Nabi Sis seda, dipun gêntosi Sang Anwas, - Pinat - Mutakalil - Majid - kabujuk dening Iblis andamêl rêca mas, dipun sêmbahyangi; - dipun gêntosi Samudabil, ajêjuluk Nabi Idris, bêkti ing Pangeran. Nabi Idris lumêbêt ing swarga lajêng mbotên karsa wangsul dhatêng dunya. Saicalipun Nabi Idris para putra wayah lajêng damêl rêcanipun lajêng dipun sêmbahyangi.

Putranipun Nabi Idris nama Saleha, dipun gêntosi Sang Sakir - Sang Malik (Masalik), jumênêng nabi nama Nabi Nuh, dipun sêngiti dening tiyang kapir. Jagad dipun kêlêm, Nabi Nuh sampun sadhiya baita. Iblis katut wontên ing baita. Turunipun Nabi Nuh lajêng sumêbar dhatêng pundi-pundi.

Sasampunipun nyariyosakên nabi-nabi sanèsipun lajêng nyariyosakên Raja Namrud ing nagari Habil; miyosipun Nabi Ibrahim. Sarêng sampun diwasa, nêlukakên Raja Namrud sabalanipun.

Page 72: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Nabi Ibrahim krama angsal Dèwi Sarah. Salajêngipun pêputra Nabi Ismangil, satêrusipun, dalah dumadosipun toya janjam.

Cêkakipun sêrat Ambiya punika namung mligi nyariyosakên lêlampahanipun para nabi. Sayid Anwar putranipun Nabi Sis ingkang dipun cariyosakên nurunakên para dewa, dèrèng wontên.

Sanadyan sêrat Ambiya ingkang wontên ing samangke punika kintên-kintên sadaya damêlan ing jaman Surakarta awal, nanging lêbêtipun cariyos wau dhatêng tanah Jawi tamtu sampun langkung rumiyin; dugi-dugi sadèrèngipun jaman Kartasura.

60. Sêrat Kandha

Nitik lêlewaning basa saha têtêmbungan, sêrat Kandha punika têrang manawi damêlan ing jaman Kartasura. Mênggah ingkang dipun cariyosakên, warni-warni sangêt. Awit, wontên ing sêrat Kandha wau, campuripun cariyos Jawi kaliyan cariyos Islam. Murih têrangipun, kula pêndhêtakên uruting cariyos sawatawis, namung sapêrlunipun kemawon.

Ingkang dipun angge wiwitan, sêrat Kandha punika dipun jujug nalika Nabi Adam sampun apêputra kathah. Karsanipun Nabi Adam putra ingkang sae kadhaupakên kaliyan putra ingkang awon; ibu Kawa karsanipun, ingkang sae angsala ingkang sae. Sang Kabil mbotên karsa nurut tatanan punika ngantos mêjahi ingkang raka Sang Habil: badhe garwanipun, sadrèrèk ingkang sae warninipin,[13] dipun alap dening Sang Kabil.

Sang Kabil lajêng dados muridipun sang Iblis, ingkang ngakên Gusti Allah saha jêjuluk Sang Manikmaya. Sang Kabil dipun kèn dhatêng tanah Bumi Kaca. Wontên ing ngriku Sang Kabil sampun kagungan putra kalih, ingkang satunggal putri, nama Sang Daliyah, ingkang satunggal kakung nama Sang Dabil. Sarêng putranipun sampun sami agêng, Sang Kabil kêpengin tuwi ingkang rama, Nabi Adam. Dumugi ing Mêkah, Sang Kabil anjujug dalêmipun Nabi Sis, nanging mbotên wontên ing dalêm. Ingkang wontên namung garwanipun ingkang sawêg wawrat sêpuh. Ingkang dipun jujug botên karsa nampèni, ajrih dhatêng sapatanipun Nabi Adam. Garwanipun Nabi Sis lajêng dipun cariyosi dening Sang Kabil, bilih lare ingkang samangke taksih dipun kandhut punika ing benjingipun dados mantunipun Sang Kabil.

Sang Kabil têrus nglajêngakên lampah, nanging lajêng kenging wêlaking Pangeran, kacêpit ing siti salajêngipun amblês dhatêng naraka.

Garwanipun Nabi Sis saèstu kagungan putra kakung. Badhe dipun paringi nama ingkang rama Nabi Sis botên karsa. Karsanipun milih nama piyambak, lajêng nama Sang Nurcahya. Nabi Sis duka, Sang Nurcahya lajêng dipun tundhung. Sang Nurcahya kesah sapurug-purug, kêpanggih sang Iblis ingkang sampun ngangge jêjuluk Sang Manikmaya. Supados agêng pangandêlipun Sang Nurcahya dhatêng Sang Manikmaya, Sang Nurcahya dipun jak minggah dhatêng langit pitu, Sang Nurcahya nyuwun dipun wêjang. Sang Nurcahya dipun têpak rainipun, kalêngêr; lajêng kabêdhèl dhadhanipun, jêroanipun dipun walik sarta dipun uyuhi dening Sang Manikmaya. Sanalika Sang Nurcahya kasupèn dhatêng kulawarganipun ing Mêkah. Sang Nurcahya lajêng dipunkèn dhatêng Buni Kaca supados ngêmpal kaliyan putranipun Sang Kabil, lan krama angsal Sang Daliyah.

Page 73: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Nabi Adam kagungan putra nama Sang Kalkah, sampun seda, tilar putra putri satunggal, nama Sang Hapiyah; ibunipun inggih sampun seda. Sang Hapiyah, lola, andhèrèk ingkang eyang Nabi Adam.

Ing satunggaling dalu Sang Nurcahya dhatêng panggenanipun Sang Hapiyah, ambujuk. Sang Hampiyah kenging dipun bujuk lajêng tumut Sang Nurcahya dhatêng Buni Kaca.

Manikmaya dhatêng Buni Kaca mindha-mindha pandhita, cariyos dhatêng Sang Dabil, bilih ingkang rama Sang Kabil sampun seda, dipun pêjahi dening Nabi Sis. Sang Dabil kagèt, sarta sêrik panggalihipun dhatêng Nabi Sis.

Sang Nurcahya dhatêng wontên ing Bumi Kaca, saèstu krama angsal Sang Daliyah. Sang Hampiyah dados garwanipun Sang Dabil. Sang Nurcahya dipun jumênêngakên ratu, Sang Dabil dados patihipun. Sang Manikmaya dhawuh, manawi benjing Nabi Adam saha Nabi Sis sampun seda, Sang Nurcahya kadhawahan malês ukum nglurug dhatêng Mêkah, ngrisak agamanipun Nabi Adam, ngrata agamanipun piyambak.

Sang Nurcahya kagungan putra kakung, dipun paringi nama Sang Nurrasa. Garwanipun Sang Dabil inggih kagungan putra dhampit; putra ingkang putri kadhawuhan nêsêpi ibunipun Sang Nurrasa, salajêngipun yèn sampun agêng dadosa garwanipun Sang Nurrasa (sadhèrèk tunggil susu, punika pancènipun botên kenging dados bojo). Sarêng sampun agêng, Sang Nurrasa saèstu dhaup kaliyan sadhèrèkipun tunggil susu wau.

Putra dhampit ingkang jalêr, dipun paringi nama Sang Bilik sarta lajêng krama angsal Talsiyah, putranipun pangagêng, nama Sang Halmahil. Wontên kabar bilih Nabi Adam sampun seda, Sang Dabil matur dhatêng Sang Nurcahya bilih sampun wancinipun nglurug dhatêng Mêkah. Sang Nurcahya badhe ngêntosi Sang Manikmaya rumiyin. Botên dangu Sang Manikmaya dhatêng, dhawuh dhatêng Sang Nurcahya supados Sang Nurrasa dipun jumênêngakên ratu. Sang Nurcahya dipun dhawuhi ambagawan. Sang Dabil dipun dhawuhi nglurug dhatêng Mêkah, Sang Nurcahya dipun paringi panggenan ing radi[14] Jamiliman, kratonipun Sang Manikmaya piyambak. Sintên ingkang dêdunung ing ngriku, kenginga sakit, botên kenging pêjah.

Sang Dabil kaliyan Sang Halmahil, besanipun, sami nglurug dhatêng Mêkah. Tiyang-tiyang Sêlam sami dipun bujuk supados malik dados kapir.

Ratu ing Mêkah, putranipun Nabi Sis, nama Sang Awas, dhawuh dhatêng putra nama Sang Rahil, supados ngundhangakên tata-tata badhe prang sabil kaliyan tiyang kapir. Sarêng sampun saèstu prang, tiyang kapir kawon; Sang Dabil saha Sang Halmahil sami kaprajaya wontên ing paprangan.

Sang Awas sèlèh kaprabon dhatêng putra, Sang Rahil; botên dangu Sang Awas seda.

Sang Nurrasa nampèni palapuran bilih prangipun kaliyan Mêkah kawon. Sang Nurrasa lajêng dhawuh sadhengah tiyang kadhawuhan samadi, ngaturi Sang Manikmaya (iblis). Sang Manikmaya dhatêng lajêng dhawuh, supados putranipun Sang Bilik ingkang sêpuh, nama Sang Hukud, kajumênêngakên ratu. Sang Nurrasa saha putra kalih, tuwin Sang Bilik, kadhawuhan

Page 74: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

tumut Sang Manikmaya dhatêng kadhatonipun. Dumugi kadhatonipun Sang Manikmaya, putranipun Sang Nurrasa ingkang satunggal kajumênêngakên ratu wontên ing ngriku, anggêntosi Sang Manikmaya, dados ratuning kayangan, ajêjuluk Sang Hyang Wênang. Putra satunggalipun, rèhne warninipun awon, kadhawuhan dados rencangipun Sang Hyang Wênang, dipun paringi nama Sang Hyang Tunggal. Ing bab kadibyan sanès-sanèsipun, Sang Hyang Tunggal wau ngungkuli Sang Hyang Wênang.

Sang Bilik dipun jumênêngakên ratu wontên ing tanah Ajamingrat, dumunung sangandhaping rêdi, kadhatonipun Sang Hyang Wênang. Sang Bilik ngagêm jêjuluk Sang Tamhud. Wontên sadhèrèkipun Sang Tamhud ingkang kadadaosakên patihipun, nama Sang Kanekajam.

Sang Manikmaya (iblis) ngandika dhatêng Sang Hyang Wênang bilih wontên tiyang ingkang mêmpêng ngangge agamanipun Sang Manikmaya, kêdah kalêbêtakên ing swarga (kayangan).

Sang Hyang Wênang jumênêng ratu wontên ing rêdi Ajam. Wontên ing ngriku tiyang-tiyang gêsangipun campur kaliyan jim setan.

Sang Nurrasa ingkang andhèrèk Sang Manikmaya, kabêkta ngidêri jagat. Dumugi pasareyanipun Nabi Adam, pasareyan badhe dipun risak, supados agamanipun Nabi Adam sirnaa. Sang Manikmaya saha Sang Nurrasa kenging walat, kabuncang ing angin agêng, dhumawah ing nagarinipun piyambak. Sang Nurrasa kenging walatipun Nabi Adam, sariranipun dados cêmêng dalah sabalungipun.

Kocapa Sang Hyang Wênang sampun angsal putranipun Sang Bilik, ingkang nèm piyambak. Sang Hyang Tunggal botên karsa krama. Sang Hyang Wênang apêputra putri, nama Sang Nirati, warninipun awon; pêputra malih kaparingan nama Sang Sumba (utawi Sambu), tanganipun sakawan. Bab anggènipun putra mawi tangan sakawan punika dipun anggêp manawi Sang Hyang Wênang kuwalat dhatêng Sang Hyang Tunggal, sabab nglangkahi krama saha kagungan putra rumiyin. Sang Hyang Wênang nêdha ngapuntên dhatêng Sang Hyang Tunggal, dipun sukani.

Garwanipun Sang Hyang Wênang apêputra malih; yèn cara sabrang namanipun Dèwi Siti, yèn cara Jawi nama Dèwi Sinta, putra putri ingkang mêdal sasampunipun Dèwi Sinta, dipun paringi nama yèn cara sabrang Dèwi Ladi, yèn cara Jawi Dèwi Landêp.[15]

Sang Manikmaya mirêng bilih dunya badhe dipun risak. Tiyang-tiyang ingkang mbotên manut dhatêng agamanipun Nabi Nuh, badhe dipun kêlêm. Sang Manikmaya murugi Sang Hyang Wênang saha Sang Hyang Tunggal, dhawuh bilih umatipun sadaya badhe dipun racut, kalêbêtakên ing badanipun, dalah kadhaton rêdi saisinipun. Sababipun dene Sang Manikmaya karsa badhe ngrisak dunya, jagat badhe dipun kêlêm. Mbenjing sasampunipun dunya rêsik, badhe dipun wangun malih. Sang Hyang Wênang mituruti.

Sang Maikmaya[16] lajêng murugi Sang Tambut wontên ing Ajamingrat. Sang Tambut kagungan putra putri nama Sang Uma. Putra ingkang kakung nama Sang Ratugêna; wontên putranipun malih nama Sang Bayu.

Page 75: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Patih Kanekaajan kagungan putra nama Sang Pangat, rayinipun nama Sang Gariti.

Nalika Sang Manikmaya kapanggih punika sadaya, lajêng dipun racut kalêbêtakên ing badanipun. Awit Sang Manikmaya (Iblis Ijajil) kala kalorod saking anggènipun dados malaekat, mawi nyuwun kasaktèn dhatêng Gusti Allah saha nyuwun lilah anggodha turunipun Nabi Adam; Gusti Allah marêngakên: "sing gêlêm".

Sarêng Sang Manikmaya sampun ngracut sabarang ingkang prêlu dhatêng salêbêting badanipun, lajêng murugi Nabi Nuh, ingkang sawêg nginggahakên kewan sajodho-sajodho dhatêng baitanipun. Ijajil ing nalika punika gondhelan buntuting kuldi; kuldi angèl sangêt anggènipun minggah dhatêng baita. Wasana sarêng Nabi Nuh sampun jèngkèl, lajêng ngandika: "setan munggaha", kuldi mancolot dhatêng baita, nanging setan (Manikmaya) ugi tumut.

Sarêng toya sampun asat malih, Sang Manikmaya lajêng wangsul dhatêng rêdi Ajaliman. Wontên ing ngriku tiyang-tiyang saha prabot-prabot ingkang karacut kalêbêtakên ing badanipun, dipun dalakên malih. Sang Hyang Wênang dipun dhawuhi sèlèh kaprabon dhatêng putra ingkang nama Samba (Sumba utawi Sambu), ingkang kaparingan nama Bathara Guru, mawi jêjuluk Sang Hyang Jagatkarana. Sang Hyang Wênang taksih lêstantun ngasta purba, wasesanipun kaparingakên dhatêng Bathara Guru. Salajêngipun Bathara Guru kadhawuhan ambêdhol rêdi kadhatonipun, kabêktaa dhatêng tanah Jawi. Sang Hyang Wênang lêstantun wontên ing Ajamiman.

Sang Pangat, ingkang dipun cariyosakên putranipun Sang Kanekajam punika mangke dados Bagawan Narada = Sang Kanekaputra. Dumugi samantên anggèn kula mêthik sêrat Kandha, kados sampun cêkap. Wosipun: Nabi Adam pêputra Nabi Sis. Nabi Sis pêputra Anwas, inggih punika Sang Enos ing Biybel ingkang dados Sayid Anwas ing cariyos Jawi.

Ing sêrat Kandha Sayid Anwar mbotên, utawi dèrèng wontên. Nabi Sis ujug-ujug apêputra Sang Nurcahya, ingkang lajêng nurunakên para dewa Jawi.

Sang Nurcahya apêputra Sang Nurrasa; apêputra Sang Hyang Wênang lan Sang Hyang Tunggal. Sang Hyang Tunggal mangkenipun dados Sêmar. Sang Hyang Wênang apêputra Sang Sambu, Sambu utawi Sumba ingkang lajêng dados Bathara Guru, mawi asta sakawan, ajêjuluk Sang Hyang Jagatkarana. Dados Sang Hyang Tunggal (Sêmar) punika yèn miturut sêrat Kandha, wakipun Bathara Guru.

Sang Manik lan Sang Maya, punika bilih miturut sêrat Manikmaya mangkenipun dados Bathara Guru kaliyan Sêmar; Manikmaya yèn miturut sêrat Kandha, jêjulukipun Sang Iblis, Ijajil.

Samangke kula pitakèn: kadospundi anggènipun tiyang Jawi botên bingung manawi maos sêrat-sêrat wau sarana katandhing-tandhing. Kadospundi mantukipun dene cariyos Jawi dipun campur kaliyan cariyos Arab. Ingkang makatên punika saking anggènipun badhe andèkèk para dewa wontên sangandhaping pangagêng Islam, para Nabi.

Kados ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng, Gusti Allahipun tiyang Jawi tulèn, kêsuk dening Gusti Allahipun bangsa Indhu, inggih punika Bathara Siwah; Gusti Allahipun tiyang Jawi tulèn,

Page 76: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

nalika jaman Indhu-Jawi, dumugi jaman Majapait akir, kêsilêp babarpisan. Nanging sarêng daya Indhu sampun abêr, salajêngipun ical, Gusti Allahipun tiyang Jawi tulèn, muncul malih kadèkèk sanginggilipun Gusti Alah Indhu, inggih punika Sang Hyang Taya, Sang Hyang Wênang, Sang Hyang Tunggal, namaning "Priyantun" satunggal, dipun dèkèk, sanginggilipun Bathara Siwah = Bathara Guru. Sarêng sampun jaman Sêlam, Bathara Guru, minggahipun, dhatêng Sang Hyang Wênang, Sang Hyang Tunggal, tur sampun dipun pisah, kadèkèkakên wontên sangandhapipun Nabi Adam. Inggih namung nyumanggakakên.

Lajêngipun sêrat Kandha punika ngambra-ambra sangêt; wosipun lajêng nyariyosakên turunipun Bathara Brama: Brama-sadara, Brama-anu, Brama-anu. Lajêng nyariyosakên lêlampahan wayang ingkang sêpuh-sêpuhan. Kados ta Arjunasasra mawi Sugriwa-Subali; Jathasura-Maesasura. Lajêng sêrat Rama, pêndhêtan saking Hikayat Sri Rama. Sêrat Ramayana ingkang lajêng dados sêrat Rama Yasadipuran, punika dèrèng kocap babarpisan. Inggih cariyos Rama saking sêrat Kandha punika ingkang lajêng dados cariyos Rama ing Madura saha Ngayojakarta ingkang nyarirosakên yèn Dèwi Sinta punika putranipun Prabu Dasamuka; Sang Anoman putranipun Prabu Rama kaliyan Dèwi Sinta, sapanunggilanipun mawi Prêtalamaryam barang.

Lajêngipun sêrat Kandha punika nyariyosakên lampahan wayang limrah. Nanging jilid ingkang pancènipun ngêmot bab wau, ing Museum Jakarta mbotên wontên; sampun ical kala dèrèng dumugi ing museum. Ingkang makatên punika mbotên anèh. Awit jilid ingkang ngêmot lampakan[17] wayang limrah punika dipun rêmêni ing tiyang sangêt; dados kêrêp dipun sambut lajêng kêtriwal, utawi kêrêp dipun waos lajêng risak botên dipun turun malih.

Sambêtipun sêrat Kandha ingkang samangke taksih wontên, punika bibar Bratayuda, têrus ngantos dumugi Jakatingkir. Wondene bageyan punika, cariyos punapa kemawon ingkang mbotên kalêbêt. Jib-raos sadaya dongèng-dongèng ingkang kala samantên sampun wontên, kalêbêt sadaya.

Ing sêrat Kandha punika bab satunggal-satunggaling kêdadosan sampun dipun dèkèki sêngkalan = angka taun, nanging dèrèng rangkêp. Inggih namung sêngkalan lugu kemawon. Sêngkalan punika mangke yèn wontên ing sêrat Pustakaraja dados rangkêp; candra sêngkala kaliyan surya sêngkala. Bab punika mêngke badhe dipun aturakên malih.

1. ingkang 2. § Ing lugunipun mungèl: punapa kang atus saking wêsi; rangkêp kaliyan watu. 3. suksma 4. § ILLA - La ilahailla'llah. 5. § DR J. DOORENBOS, DE GESCHRIFTEN VAN HAMZAH PANSURI (Proefschrift,

Leiden) kaca 18-19. 6. rinasan. 7. sawatawis 8. ana 9. § Ing sêrat ingkang langkung sêpuh, têmbung SADARUM punika mungêl SABDA'RUM

UNI MANIS. Dados KULANANA SABDA'RUM = AJÈNANA NGANGGO TÊMBUNG MANIS. Nanging sadarum sampun kalajêng atêgês: KABÈH, dipun kintên kawining sadaya. 

Page 77: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

10. Lêlewaning 11. tingali 12. ngandhap 13. warninipun 14. rêdi 15. § Punika ancang-ancang badhe wontênipun dongèn[g]: PAWUKON. 16. Manikmaya 17. lampahan 18.

VII. JAMAN SURAKARTA AWAL

Nalika jaman Surakarta awal punika ing bab kapustakan kenging kabage dados kalih perangan. Ingkang perangan satunggal kenging dipun wastani pêmbangun, ingkang perangan kalih kenging winastan: andamêl sêrat enggal.

Ingkang kawastanan pêmbangun punika: sêrat-sêrat kina dipun jarwakakên mawi sêkar macapat. Contonipun sêrat Wiwaha Jarwa. Sêrat punika purwakanipun sêkar Asmarandana, ungêlipun makatên:

Ri sêdhêng amurwa tulis, Dite panca likur wulan, Jumadilawal ing Êbe, tasik sonya giri juga (= 1704 taun Jawi = 1778 taun Masehi), sangkala duk kinarya, kakawin tenêmbang [1] kidung, ingaran asmaradana.

Miturut gotèk, ingkang anjarwakakên punika ingkang Sinuwun P.B. III. Mirid angkaning taun, cocog; awit Sinuwun P.B. III punika jumênêng wontên ing taun 1749 seda ing taun 1788 taun Masehi.

Manawi dipun tandhing kaliyan babonipun ingkang basa Kawi, sêrat Wiwaha Jarwa punika inggih namung lowung, dene tiyang Jawi jaman samangke sagêd sumêrêp grêban isinipun sêrat Arjuna Wiwaha Kawi. Nanging manawi dipun titisakên, kêtingal cêtha bilih ingkang anjarwakakên punika sagêdipun dhatêng basa Kawi namung capêt-capêt sangêt. Kathah panggenan ing Kawinipun ingkang wontên ing jarwa namung dipun dugi-dugi, têrkadhang dipun piyagah kemawon. Ingkang makatên punika sampun tamtunipun, awit nalika jaman samantên prabot-prabot ingkang kangge ngudi saha ngudhali basa Kawi, babarpisan dèrèng wontên. Amila kadospundi-kadospundiya, sagêd samantên punika sampun pintên-pintên.

Ingkang murugakên kirang rêmênipun tiyang maos sêrat Wiwaha P.B. III punika, anggèning têmbungipun wongsal-wangsul; upami tiyang andodomi makatên caruk-wali.

Sêrat Wiwaha utawi Mintaraga ingkang kasêbut ing nginggil punika sampun kacithakakên dening J. F. C. GERICKE wontên ing VERHANDELINGEN BAT. GEN., babak 20, taun 1844, mawi aksara Jawi saha prêtalan ing basa Walandi sawatawis dipun cêkak.

Page 78: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

61. Kyahi Yasadipura I lan II

Ingkang sayêktos kêdah dipun anggêp ambangun kapustakan Jawi kala jaman Surakarta awal, punika priyagung kakalih, inggih punika KYAI YASADIPURA I lan II, rama kaliyan putra; Yasadipura II, lajêngipun nama Radèn Tumênggung Sastranagara.

Sarèhne priyagung kêkalih wau anggènipun sêsarêngan nyambut damêl dangu sangêt, dados anggènipun misahakên: iki gaweyane Kyai Yasadipura I; iki Yasadipura II, punika tumrap kula angèl sangêt.

Upami katitika saking lêlewaning basa saha kêkidungan, lêting wanci mèh mbotên wontên, bedaning lagu inggih sakêdhik sangêt, lah tiyang rama kaliyan putra. Amila pangrêmbag kula bab yasan Yasadipuran, kula caruk kemawon. Mangke manawi pinuju ngrêmbag sêrat ingkang cêtha yasanipun ingkang sêpuh utawi yasanipun ingkang ênèm, badhe dipun pratelakakên.

Kyai Yasadipura ugi anjarwakakên sêrat Arjurawiwaha. Sêrat punika purwakanipun sêkar dhandhanggula: Pratisthaning budi amartani, anèng tyasing pandhita kang limpad, mring kawruh kasunyatane, mungkur mring pakarti dur, ... salajêngipun.

Sêrat punika basanipun langkung sakeca katimbang sêrat yasan dalêm ingkang Sinuwun P.B. III. Ewa samantên bilih katandhing kaliyan ingkang basa Kawi inggih kêtingal anggènipun gagap-gagap, andugi-prayogi. Namung manawi dipun priksani mbotên mawi katandhing, inggih sampun nama sae.

Sêrat punika sampun kacithakakên mawi aksara Jawi dening DR W. PALMER VAN DEN BROEK kala 1868 taun Masehi wontên ing Pangêcapan Gupremen ing Bêtawi.

Ugi mèh nunggil wanci sêrat Ramayana ingkang sampun kaaturakên ing wiwitaning pangrêmbag, inggih dipun jarwakakên dening Kyahi Yasadipura. Sanadyan anggènipun anjarwakakên wau, inggih kêrêp namung gagap-gagap kemawon, nanging sêrat Rama Jarwa punika kenging dipun wastani sae-saening sêrat Jawi jaman samangke. Anggènipun sakeca punika awit, pundi-pundi panggenan ing babon ingkang kyahi mbotên mangêrtos, lajêng dipun tilar dipun santuni saprayoginipun ingkang botên ambibrahakên aluraning cariyos. Kados ta bab rêrênggan sapanunggilanipun.

Nanging ing panggenan ingkang pêrlu, ingkang botên kenging dipun tilar, mangka Kyahinipun mbotên patos mangrêtos, punika inggih lajêng kêtingal cêtha bilih gagap-gagap, lajêng kêrêp dipun grêba, têmahan kêlintu panyuraosipun. Ingkang makatên punika, sampun kaaturakên ing nginggil, nalar ingkang samêsthinipun. Awit kyahinipun botên kagungan prabot sanèsipun kangge nyinau basa Kawi, kajawi landhêping pangrêtosipun. Lah inggih sapintêna landhêping pangrêtos, bilih botên wontên prabot sanèsipun, tumraping pangudi basa, tamtu cupêt. Ewasamantên, kyahinipun anggènipun baud ngikêt ukara kidung ingkang tumrap sêrat damêlanipun ingkang sanès-sanès, punika namung saking anggènipun kêrêp maos sêrat-sêrat basa Kawi, ingkang kala samantên sampun utawi taksih wontên.

Page 79: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Sêrat Rama Yasadipuran punika sampun kêrêp dipun cithakakên. Kados ta wontên ing VERHANDELINGEN BAT. GEN., babak 21 b. mawi aksara Jawi. Ingkang wêdalan Van Dorp inggih aksara Jawi. Namung ingkang wêdalan Bale Pustaka, mawi aksara latin.

Wiwitanipun sêrat Rama Jarwa, nyariyosakên sanakipun Dasamuka, dalah tapa saha kadhatonipun. Punika Ramayana Kawi botên wontên. Awit pupuh 1 pada 1 dumugi pada 13 punika pêndhêtan saking sêrat Arjunawijaya (Sasrabau). Wiwitanipun cariyos Ramayana, wontên ing pada 13: kunêng wontên winurcita, ratu luwih praja'di kang madêg aji, sang prabu Dasarata.

Sajakipun nalika sêrat Rama Yasadipuran badhe dipun cithakakên dening C. F. WINTER, punika mawi dipun sêsêli dening tiyang sanès. Kados ta: Pupuh 13 pada 2: gandrung-gandrung amangunkung ... dumugi ... Dhuh yayi mring pundi masku, pada 7, dados 5 pada punika sêsêlan. Makatên ugi pada 11 dumugi 14. Malih pupuh 14 pada 2: jalalatan mulat nganan ngering ... dumugi ... mangsah gandrung-gandrung pada 10, dados 9 pada, punika inggih sêsêlan enggal. Pupuh 14 pada 12-14 têngah, inggih sêsêlan. Pupuh 18: gandrung-gandrung kapirangu, enz. panggenan ingkang dipun rêmêni sangêt dening tiyang Jawi, saha pupuh 19a: Tuhu tan kêna winarni ... enz. punika sabageyan agêng ugi sêsêlan. Kêkathahên upami kapratelakna sadaya panggenaning sêsêlan wau.

Anggènipun sagêd nitik bilih panggenan wau kintên-kintên sêsêlan enggal, punika awit ing sêrat Rama ingkang langkung sêpuh, ingkang dipun akênakên yasanipun Kangjêng Pangeran Singasari (sêrat Brandes-Rama No 605) panggenan wau botên wontên. Makatên ugi ing sêrat Rama Jarwa sêkar agêng (Ms. B. G. No 589) inggih botên wontên. Rama Jarwa sêkar agêng punika Rama macapat kadadosakên sêkar agêng.

62. Sêrat Bratayuda

Sêrat punika ugi yasanipun Kyahi Yasadipura, saking anggènipun anjarwakakên sêrat Braratayudha[2] ingkang sampun kaaturakên ing nginggil. Mênggah caranipun anggènipun anjarwakakên, inggih botên bèntên kaliyan kala anjarwakakên sêrat Ramayana. Inggih kêrêp namung dipun gagapi, mawi dêdugi lan prayogi. Namung sarèhne sêrat Baratayudha punika langkung ênèm katimbang sêrat Ramayana, dados basanipun inggih radi langkung gampil katimbang basanipun sêrat Ramayana. Awit saking makatên, Kyahinipun anggènipun anggagapi dados mbotên patos grayung-grayung sangêt. Amila sêrat Bratayuda punika langkung cêlak dhatêng babonipun, katimbang sêrat Rama dhatêng sêrat Ramayana.

Kangge conto bilih anggènipun anggagapi wau sok lêpat, kaaturakên kados ing ngandhap punika. Ing Kawi pupuh 10 pada 6 mungèl: Kunang tawuri sang nrêpèng Kuru yakari lud brahmana, rikan sira sinapa sang dwiya sagotra matya'laga.

Têgêsipun: dene tawure Sang Duryodana, brahmana, (ênggone matèni) kèri, nusul (tawure para Pandhawa). Kang iku Sang Duryodana mbanjur disapatani (dening sang brahmana mau), bakal mati ing prang sakulawargane.

Page 80: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Ing Jarwa pupuh 12 pada 5 mungêl: ... prabu ing Ngastina, tawurira pandhita sagotra'nak putunèki, apan kinarya, tawur Ngastina nênggih.

Anggènipun sêling-sêrap bab Sagotra, punika pancèn sampun lami. Wontên ing lampahan Bale Si Gala-gala, Sagotra punika namaning bambang, ingkang mêntas rabi, nanging bojonipun botên purun atut. Wasana jalaran saking Radèn Arjuna, ingkang èstri lajêng purun atut; punika Sang Sagotra prasêtya dhatêng para Pandhawa, mbenjing prang Bratayuda sagah dados tawuring Pandhawa.

Makatên ugi nalika pêjahipun Radèn Jayadrata, sirahipun kabuncang dening jêmparing, dipun cariyosakên ing Kawi pupuh 16 pada 7: têka mara ye kisapwani bapanya, dipun pêdhot yèki sapwani bapanya. Wontên ing Jarwa sapwani lajêng dados namanipun ingkang rama Radèn Jayadrata; Bagawan Sapwani, ing wayang Sêmpani.

Malih, nalika Radèn Gathutkaca pamitan badhe mapagakên Adipati Karna, ing Kawi pupuh 18 pada 2 mungêl: kunêng apan èwêh angrahatane gati karya têmên. Si tutu tatanpa nanggaha mênè'ki gêgon sakarêng.

Têgêsipun: pancèn èwêd sangêt tiyang badhe andamêl bèrèsing pandamêlan ingkang wigatos punika. (Nanging) pun anut-miturut mbotên mawi gagasan barang-barang, punika ingkang kula gondhèli ing wêkdal punika.

Ing ngriki têmbung si tutu tatanpa = pun anut miturut mbotên mawi ... dados si tutuka, sabab yèn aksara kina, ta punika kaliyan ka kêrêp cawuh, tutuka lajêng dados namanipun Radèn Gathutkaca: Radèn Tutuka malah Tutruka.

Malih nalika Prabu Salya sampun seda ing paprangan, Dèwi Satyawati angsal palapuranipun punggawa, ungêlipun ing Kawi pupuh 44 pada 1 makatên: Wwantên bhrêtya kapartyaya'tuha ya ta'yar i sira.

Têgêsipun: wontên wadya pinitados, sêpuh, punika ingkang matur dhatêng (Dèwi Satyawati, bilih Prabu Salya sampun seda). Têmbung tuha ya ta ing ngriki lajêng dados samanipun patih ing Mandaraka, Tuhayata. Malah wontên wayangipun, rainipun ijêm, gajêgipun.

Makatên ugi Pancawala, punika pancènipun putranipun para Pandhawa saking Dèwi Drupadi, cacah 5, botên mawi dipun wastani namanipun. Nanging wontên ing wayang dados wayang satunggal.

Taksih tunggilipun. Sanga-sanga, putranipun Sang Satyaki, punika pancènipun inggih botên kasêbut namanipun; namung putranipun Sang Satyaki punika cacah 9; lêrêsipun pamaos: sang asanga.

Wontên malih. Sang Nirbita punika dede nama; punika têmbung ingkang atêgês tampa wêdi, katumrapakên dhatêng Ratu Wiratha piyambak. Nanging wontên ing wayang Sang Nirbita dipun anggêp wayahipun Ratu Wiratha.

Page 81: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Ingkang makatên punika ing sêrat Bratayuda wontên sawatawis kathah. Nanging yèn katandhing kaliyan grênging cariyos, bab punika kenging dipun wastani sêpele sangêt. Awit Kyahi Yasadipura anggènipun anjarwakakên sêrat Bharatayuddha dados sêrat Bratayuda, punika miraos sangêt. Yèn sampun kasuda bab sakêdhik ing nginggil punika, tiyang Jawi wajib matur nuwun dhatêng Kyahi Yasadipura, dene saking sêrat Bratayuda wau sagêd sumêrêp suraosipun sêrat Bharatayuddha, sanadyan sawatawis grêban.

Sêrat Bratayuda sampun kêrêp kacithakakên. Ingkang sakawit dening DR A. B. COHEN STUART mawi aksara Jawi kala tuan[3] 1856. Lajêng wontên ing VERH. BAT. GEN. Deel 28 (1860); prêtalanipun ing basa Walandi wontên ing deel 27.

Cithakan sanèsipun, dening RADÈN DIRDJAATMADJA, Sala, taun 1901, 1903, 1908, tigang jilid mawi aksara Jawi; ingkang jilid 3 ngêmot cariyos Kalimataya (murudipun para Pandhawa), asli saking RANGGAWARSITAN, kasêkarakên dening RADÈN MARTADARSANA.

63. Sêrat Panitisastra

Sêrat punika ing sajatosipun sêrat Nitisastra ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng, dipun damêl ing basa jarwa. Anggèn kula ngaturakên sêrat punika, kula pêndhêtakên pratelanipun DR D. L. MOUNIER, kadamêl kala 1843 taun Masehi (wontên ing Surakarta, jaman Ingkang Sinuhun P.B. VII) dados taksih cêlak kaliyan jaman Yasadipuran. Pratelanipun DR MOUNIER kirang langkung makatên:

Layang Panitisastra iki dhèk taun 1725, taun Masehi 1798 sangka basa Kawi didadèkake basa Kawi miring. Banjur dhèk taun 1735, taun Masehi 1808, disusuli sing Kawi Jarwa. Barêng taun 1746, taun Masehi 1819, digawe ing basa gancar dening Radèn Panji Puspawilaga, nanging ora pati titi.

Sing Kawi miring iku gaweyane KYAHI YASADIPURA I, sing jarwa gaweyane RADÈN TUMÊNGGUNG SASTRANAGARA (= YASADIPURA II). Layang loro mau surasane mèh padha wae.

Mirid pratelan ing nginggil punika cêtha sangêt manawi Kyahi Yasadipura I lan II ugi anjarwakakên sêrat Nitisastra. Namung pilahipun ingkang cêplos kadospundi, punika ing samangke dèrèng dipun titisakên.

Sêrat Panitisastra ingkang dipun prêtal dening DR MOUNIER, punika ngêmot pupuh:

1. Dhandhanggula 10 pada, 2. Sinom 16 pada, 3. Gambuh 13 pada, 4. Pocung 19 pada, 5. Dhandhanggula 14 pada, 6. Kinanthi 20 pada, 7. Asmaradana 18 pada, 8. Sinom 15 pada, 9. (Juru) dêmung 9 pada, 10. Dhandhanggula 19 pada.

Sêrat Panisastra[4] ingkang kasêbut ing nginggil punika sadaya ing samangke taksih wontên ing Leiden. Ing tanah Jawi kintên kula sampun awis-awis.[5]

Page 82: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Wontên malih sêrat Panitisasastra[6] ingkang têmbung dhandhanggula thok, cacah 97 pada, purwakanipun makatên: makirtya ring agnya narpasiwi, nular pralampitaning sang wusman, ing Surakarta wêdhare, nêm catur gora ratu, ri sangkala wit ning winarti, Nitisastra ingaran, winarna ing kidung, Kawi kadanging sajarwa, lumaksana sasananing kang janma'di yan iku kadriyana.

Purwaka punika mèmpêr wiwitan prêtalanipun DR MOUNIER; ungêlipun makatên: "Om den last van den Vorsten-zoon te volbrengen, breng ik de voortreffelijke gelijkenissen over, te Surakarta uitkomende, in 1736 (Toto tri gooro ratu) (A.D. 1808) in welk jaar zij voor het eerst verkondigd werden. Nitisastra worden zij genoemd, uitgedrukt in kidhung of dichtmaat, en alsware eene broer van de Djarwa of verklaring".

Angka taun ing sêrat Panitisastra dhandhanggula thok, punika nêm catur gora ratu = 1746. Ingkang dipun prêtal DR MOUNIER: Tata tri gora ratu = 1735; dados kaot 11 taun. Panitisastra Mounier ngêmot 10 pupuh gunggung 143 pada.

Nitik ing kawontênan, sagêd ugi Panitisastra Mounier wau kala taun 1746 dipun dadosakên dhandhanggula thok, kapiridakên sêrat Nitisruti, ingkang ugi namung ngêmot sêkar dhandhanggula thok.

Sêrat Panitisastra sanèsipun ngêmot sêkar dhandhanggula 61 pada sinom 34 pada, gunggung 95 pada. Sêrat punika purwakanipun makatên: mêmanising panêmbah pamuji, kang minangka pandoning wardaya, mring kang karya ngalam kabèh, baka kodrat puniku, ingkang sipat rahman lan rahim, kang murba amisesa, jagat isinipun, ping kalih marang utusan, Kangjêng Nabi Muhammad ingkang sinêlir, mayang kulawarganira.

Purwaka ing nginggil cakêt punika, Patekah dipun jawèkakên. Punika kajawi nglêluri adatipun purwaka sêrat Jawi Sêlam, ugi kangge nyantuni panêmbah dhatêng Bathara Wisnu ing purwakaning Kawinipun.

Mênggah anggènipun anjarwakakên Kawinipun, punika inggih namung gagap-gagap kemawon. Ambosêni bilih pijêr kula aturna kemawon.

Manawi kula mbotên kalintu, sêrat Nitisastra Jarwa punika sampun nate dipun cithakakên; kala kula taksih lare nate maos. Nanging samangke mbotên mranggul-mrangguli malih.

64. Sêrat Arjunasasra utawi Lokapala

Sêrat punika ugi yasanipun Kyahi Yasadipura II, mêndhêt saking sêrat Arjunawijaya (No 30). Purwakanipun mungêl: Purwaning rèh pandoning mêmanis, makirtya ring agnya prabwatmaja, ri Surakarta mandirèng, Jawi sahananipun, ping patbêlas Rêspati Manis, Jumadilawal astha, gathitanya nuju, Jimakir sèwu kalawan, pitung atus catur sat (1746) mangka palupi, prabu Sahasraboja.

Sang prabwa tamaja, inggih punika Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom (= P.B. V), ing ngriki kocap malih.

Page 83: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Sêrat Arjunasasra punika botên mawi sajarah, tur cariyosipun Sugriwa Subali inggih mbotên wontên awit ing babonipun inggih pancèn mbotên wontên. Namung ing ngriki Rêsi Wisrawa sampun dipun damêl anglampahi tindak awon; dipun kèngkèn ingkang putra Prabu Danaraja, madosakên garwa, wasana badhe mantu lajêng dipun pundhut garwa piyambak. Ingkang makatên punika ing Kawinipun botên wontên babarpisan. Nanging kadospundi jalaranipun dene Sang Rêsi Wisrawa kadamêl anglampahi kirang sae wau, punika dèrèng dipun taliti.

65. Sêrat Darmasunya

Sêrat punika ugi yasanipun Kyahi Yasadipura II. Dene babonipun, inggih sêrat Dharmasunya No 35 ingkang sampun kaaturakên ing nginggil. Sampun kapratelakakên bilih sêrat Dharmaçunya punika basanipun sampun sawatawis risak, dados suraosipun inggih kathah ingkang pêtêng.

Sêrat ingkang kados makatên wau kadadosakên basa jarwa mawi sêkar macapat, dening kyahinipun, ingkang sagêdipun dhatêng basa Kawi namung sawatawis kemawon. Amila pêtênging suraosipun Darmasunya macapat wau tumrap kula, sampun mbotên sagêd matur. Tujunipun ingkang dipun rêmbag punika bab mystiek. Dados pêtênging suraos punika mêwahi èdinipun. Amila kados sampun adatipun; bangsa ingkang ahli klênik punika yèn wontên sêrat klênik, ingkang pêtêng suraosipun, malah saya sangêt anggènipun mastani èdi, murni. Tumrapipun tiyang ingkang botên ahli klênik, tur rêmên dhatêng nyata-nyatanan, cêtha-cêthanan, yèn maos sêrat ingkang kados makatên punika, manahipun sêmpêlah.

Ing pungkasaning sêrat Darmasunya wau wontên ungêl-ungêlan, ingkang mratelakakên cêtha bilih sêrat punika yasanipun Kyahi Yasadipura II, ungêl-ungêlanipun makatên:

Têlas ulun akarya palupi, angetung basa winor kalawan, ing kawi kauwusane, wusnya anulat ingsun. Darmasunya binasan kawi, kawilêtaning raja, agama lunihung, [7] ri mangkya ta ingkang karsa, narpaputra kinarsakakên asalin, binasan jarwa Jawa.

Duk kawine pu Yogèsurèki, kang amarna pandhita sudibya, wicaksana trus tingale, ing mangkya kang amangsul, basa kawi dhatêng ing Jawi, Yasadipura ping rwa, dahat mudha punggung, mêhêng lumakwèng sapakwan, jêng sang hulun sang maha narpatisiwi, dibya ing Surakarta.

Kauwusan ngwang amanulat sri, wuryan tama rasaning kamuksan, ri Salasa petunging lèk, kaping sanga anuju, wulan Siyam Êje kang warsi, sangkala naya marta, maharsi manêngkung, ngwang tèki amrih aksama, sanggyaningkang sudy'arsa kanang muryani, waryaning arjaning rat.

Ungêl-ungêlan ing nginggil punika wontên sêngkalanipun: naya mêrta maharsi manêngkung = 1742 taun Jawi. Bilih katandhing kaliyan sêngkalan sêrat Panitisastra, dados sêrat Darmasunya punika pinanggih baraken.[8]

Makatên ugi narpaputra saha maha narpatisiwi ing Darmasunya, punika inggih sang narpasiwi utawi Vorstenzoon ingkang kasêbut wontên ing sêrat Panitisastra. Inggih punika Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom ingkang lajêngipun jumênêng Sinuhun P.B. V.

Page 84: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Sêrat Darmusunya[9] sampun kacithakakên dening pakêmpalan Widyapustaka (Theosophie) mawi aksara Jawi kala taun 1921 wontên ing Bêtawi. Anggènipun nyithak kathah lêpatipun. Kados ta saking pêthikan ing nginggil punika.

narma putra lêrêsipun narpaputra, yogisurèki lêrêsipun yogiswarèki, yasadidura lêrêsipun Yasadipura, mêtêng lêrêsipun mênêng, sapakun lêrêsipun sapakwan

Sêrat Darmasunya dipun cariyosakên damêlanipun Êmpu Yogiswara, punika inggih omong-kosong kemawon.

66. Sêrat Dewaruci Jarwa

KYAHI YASADIPURA inggih anjarwakakên sêrat Dewaruci, sakawit namung cêkak sangêt, dipun icali ngèlmonipun, wontên ing sêrat Pasindhèn Badhaya, ing karaton dalêm Surakarta, ungêlipun makatên: Sindhèn badhaya êla-êla:

// o //-- o --// o // Êla-êla pamêngkuning rèh sapraja. / ri sangkala pawaka ro wiku raja = 1723 A.J. / ri Sang Bima kalanira puruhita. / mring Sang Druna minta sampurnèng dumadya. / Duryudana ginubêl mring pra arinya, / rêmpêg ture sakèhing sata Korawa. / amintaa pitulung Sang Dwijawara. /

// o // lajêng minggah // o // pinituwa sadaya pêpêk ing ngarsa. / Druna Prabu Mandraka'dipatyèng Wangga, / Dhanyang Druna saguh mring Sang Kurunata. / anirnakna marang sira Arya Bima / aja lawan aprang sirna saking cidra. / tan antara praptanira Arya Sena. / dyan jumujug mêndhêg nêmbah mring sang dibya. /

// o // mêndhêk nêmbah mungêl gêndhing Gambirsawit. / mawur ing tyas Maha Prabu Duryudana //

Pêthikan ing nginggil punika mawi sêngkalan pawaka ro wiku raja = 1723 taun Jawi. Dados namung kaot 2 taun kaliyan kala Kyahi Yasadipura I andamêl sêrat Panitisastra KAWI-MIRING.

Sêrat Dewaruci wontên ingkang mawi SÊKAR AGÊNG. Inggih punika ingkang apurwaka: Nihan karananiran doning ulun rumancanèng sotanirang kata diwya, ri lagu magêng, mamrih mardawa pragnya rikang manah, lalu saniskara, juwêt silarjèng tuwuh anane ri kaanan jati, sujana nindita, paramartèng rat, witaning tumuwuh, winahya têkang sasmita winardya.//

Sêrat punika pungkasanipun wontên sangkalanipun: malêtiking dahana goraning rat = 1730 taun Jawi.

Mirid pangudi ingkang sawêg kemawon katindakakên, kenging dipun têmtokakên bilih sêrat Dewaruci sêkar agêng ing nginggil punika walikan saking ingkang sêkar macapat. Dados sêkar macapat rumiyin lajêng kadadosakên sêkar agêng, kados sêrat Rama B. G. No 589 kasêbut ing nginggil.

Page 85: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Taksih wontên malih sêrat Dewaruci sêkar agêng, purwakanipun mungêl makatên: Nihan doning ulun seka-ri agnyaning sang narpatmajèng Jawi, ri kanang mandhirèng prajèng Surakarta mangung rèh Bimasuci, mamrih mardawèng tyas ...

Ing pêthikan punika sang NARPATMAJÈNG JAWI, inggih kasêbut kados ing sêrat Panitisastra. Dados kenging dipun tamtokakên bilih sêrat Dewaruci ingkang kantun punika damêlanipun Kyahi Yasadipura II saking dhawuh dalêm Kangjêng Gusti (P. B. V).

Sêrat Dewaruci ingkang sêkar macapat, sampun nama kêrêp dipun cithakakên mawi aksara Jawi. Ingkang sapisan wontên ing pangêcapan Van Dorp taun 1870, lajêng taun 1873 lan taun 1880. Ingkang ngêdalakên Mas Ngabèhi Kramaprawira, kados-kadosa damêlanipun piyambak, botên mawi pratelan bilih punika damêlan Yasadipuran.

Kala taun 1922 sêrat Dewaruci dipun cithakakên malih dening Mas Ngabèhi Mangunwijaya. Mawi dipun sukani bêbuka, nyariyosakên bilih sêrat Dewaruci punika ing ngajêng mawi têmbung Kawi sêkar agêng, anggitanipun Êmpu Widayaka ing nagari Mamênang inggih punika ing Kêdhiri. Empu Widayaka wau inggih Ajisaka ... salajêngipun.

Botên prêlu kula aturakên malih bilih pratelan ing nginggil cakêt punika 100% omong-kosong.

Sêrat Dewaruci Yasadipuran, punika wiwitipun Radèn Wrêkudara pamitan dhatêng Dhanghyang Drona badhe pados toya marta. Mbokmanawi kyahinipun taksih angsal babon ingkang mawi lampahan sawatawis punika.

Sêrat Dewaruci ingkang sêpuh, ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng, punika cariyosipun, kajujug Radèn Wrêkudara mangkat dhatêng sagantên. Dados kintên-kintên, lêlampahan sangajêngipun, wontên ing sêrat kina wau sampun ical.

Sadaya sêrat-sêrat Jawi, ingkang bangunan saking sêrat Kawi punika tumrapipun tiyang ingkang mangrêtos dhatêng kawinipun, kenging dipun wastani sakêdhik sangêt ajinipun. Nanging bilih tumrap ingkang botên sagêd, saya malih tumrap tuwuhing kapustakan Jawi, sêrat-sêrat wau agêng sangêt ajinipun. Awit tamtunipun ing wingking inggih botên sapintêna tiyang Jawi ingkang purun marsudi supados sagêd dhatêng basa Kawi, ngantos sagêd nilar sêrat-sêrat ingkang bangunan saking sêrat basa Kawi.

67. Sêrat Menak

Taksih tunggilipun pambangun, nanging mêndhêt saking tuk sanès, punika damêlanipun KYAHI YASADIPURA: sêrat Menak. Sêrat Menak Yasadipuran punika inggih sêrat Menak Kartasura, ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng, nanging basanipun saha kêkidunganipun dipun wangun malih dening Kyahi Yasadipura, dados sêrat ingkang miraos sangêt. Nanging tumrapipun ing jaman samangke, jaman ingkang kêdah enggal-enggal, jaman "tempo itu uwang", tiyang maos sêrat Menak sampun kathah ingkang botên gurnan. Saya malih sadhèrèk nem-neman. Kajawi botên gurnan saking anggènipun kêpanjangên, mawi kirang utawi sampun mbotên wanuh kaliyan basa Jawi, basanipun piyambak.

Page 86: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Sêrat Menak sampun dipun cithakakên dening Radèn Ngabèhi Jayasubrata, karan en-co sun. Sadaya wontên 7 jilid, wêdalan ing pangêcapan Van Dorp, Sêmarang.

Enggal mangke sêrat Menak sampun kacithak malih dening Balai Pustaka, kaperang jilidan alit-alit, sajilid rêgi R 1,50. Sadaya wontên 46 jilid kawêwahan register.

Menak wêdalan Balai Pustaka punika anggènipun andamêl gêla, dene sadaya panggenan, ingkang sawatawis cêtha sajak propagandha Islam, dipun icali.

Wontên malih cithakan ingkang langkung lami, nanging botên komplit. Inggih punika ingkang dipun wêdalakên dening C. F. WINTER, Batavia 1854.

68. Sêrat Ambia Yasadipuran

Kyahi Yasadipura ugi ambangun sêrat Ambiya ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng. Sêrat punika (Ms. B. G. no 10) mawi sêngkalan: janma tri goraning aji = 1731 taun Jawi.

69. Sêrat Tajusalatin

Sêrat punika babonipun sêrat basa Malayu nama: MAHKOTA SEGALA RAJA-RAJA. Ingkang andamêl ing basa Jawi, mawi sêkar macapat, inggih KYAHI YASADIPURA, mawi angka taun Hijrah 1139, taun Jawi 1726 (Ms. Bat. Gen. No 582).

Sêrat Tajusalatin sampun kêrêp sangêt dipun cithakakên: Sêmarang 1873, 1875, Surakarta 1905; Surakarta Rusche 1922.

Sadaya sêrat-sêrat yasan Yasadipuran ingkang kasêbut ing nginggil, punika kalêbêt pambanguning Kapustakan Jawi. Ingkang nama andamêl sêrat enggal, punika kados ta.

70. Sêrat Cêbolèk

Sêrat punika nyariyosakên lêlampahanipun Kaji Mutamangkin, karan Ki Cêbolèk, anggènipun ngrisak sarak: ngingah sêgawon sapanunggilanipun. Lajêng dipun gigat dening para ngulama satanah Jawi, dipun pangagêngi kêtib anom ing Kudus. Prakawis katur dhatêng pradata ing nagari Kartasura, jumênêngipun Ingkang Sinuhun P.B. II. Putusanipun Ki Cêbolèk dipun ngapuntên, sarèhne sampun tobat, saha kawon bantahipun kaliyan Kêtib Anom Kudus.

Ing sêrat Cêbolèk wau sêrat Dewaruci, Wiwaha lan sanèsipun, dipun rêmbag panjang, kangge praboting prakawis. Pangeran Mangkubumi, (Sinuhun Sultan I) inggih kocap anggènipun rêmên tapa, saha pêrang kaliyan mênthèk.

Ingkang mêgah-mêgahakên sêrat Cêbolèk punika dene anggènipun anggambar satunggal-tunggaling priyantun, kêtingal gêsang cêtha. Kados ta Radèn Dêmang Ngurawan, punika priyagung brêgas, wantêr, micara.

Page 87: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Sêrat Cêbolèk sampun nate kacithakakên ing pangêcapan Van Dorp, Sêmarang, taun 1886, mawi aksara Jawi. Enggal mangke kacariyos ugi sampun kacithak malih.

71. Sêrat Babad Giyanti

Sêrat punika ugi karan Babad Palihan Nagari. Ingkang dipun cariyosakên: sasampunipun kraton pindhah dhatêng Surakarta, sabab ing Kartasura dipun risak ing Cina, Pangeran Mangkubumi mêdal ngraman, awit lênggahipun siti dipun suda kathah sangêt, lajêng pêrang mêngsah kraton Surakarta. Salêbêtipun pêrang Pangeran Mangkubumi dipun suyuti ing para pangeran sanès-sanèsipun, ingkang sami botên narimah panggalihipun. Punapa dene Pangeran Mangkunagara (Sambêrnyawa) inggih suyut, dipun dadosakên senapatining prang.

Patraping prang Pangeran Mangkubumi sarana nêluk-nêlukakên tanah mancanagari saha pasisir. Ing salêbêting prang Pangeran Mangkunagara misah saking Mangkubumèn, malah dados mêngsah. Wusananing prang, tanah Jawi lajêng kapalih. Pangeran Nangkubumi [10] jumênêng nata wontên ing tanah Mataram, kanamakakên kraton Ngayogyakarta, ajêjuluk Kangjêng Sultan Hamêngku Buwana I.

Punggawanipun Kangjêng Sultan ingkang pêng-pêngan, punika K.G. Mangkunagara, kala dèrèng misah; Adipati Pugêr (Martapura), Tumênggung Prawiradirja, Tumênggung Suryanagara (Suwandi) lan sanès-sanèsipun.

Saking pamrayoginipun Kumpêni, ingkang kala samantên ambantu dhatêng kraton Surakarta; Pangeran Mangkunagara kapurih têluk dhatêng Surakarta; kalampahan, lajêng jumênêng Mangkunagara I. Bibaring prang sampun jamanipun Sinuwun P. B. III.

Babad Giyanti punika basanipun sae, kados sêrat Cêbolèk, anggènipun anggambar satunggal-tunggaling priyantun inggih cêtha, kêtingal gêsang. Kyahi Yasadipura I yèn bab anggambar tiyang pancèn anggêgirisi saenipun.

Babad Giyanti sampun dipun cithakakên mawi aksara Jawi: H. Buning 1885, 1886, 1888, 1892, kawan jilid. Enggal mangke inggih kacithak malih dening Balai Pustaka, kaperang dados jilidan alit-alit.

72. Sêrat Sasanasunu

Sêrat punika ugi yasanipun KYAHI YASADIPURA II. Mênggah isinipun, piwulang lampahing gêsang Jawi Islam kala jamanipun Kyahi Yasadipura piyambak. Piwulang wau kabage dados 12 bab; inggih punika: tiyang gêsang kêdah èngêt:

1. yèn tinitah dados tiyang dening Allah.

2. yèn pinaringan sandhang têdha.

3. yèn anggènipun pados sandhang têdha wau mêdala saking tapak tanganipun.

Page 88: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

4. yèn saking dhawuhing Allah kadhawuhan Islam, manut Kangjêng Nabi Mohammad s.a.w.

5. bab pangangge lan pakarêman.

6. bab lampahipun tiyang mêmitran, kêkancan, sasaminipun.

7. bab nêdha, tilêm, lumampah, kêkesahan.

8. bab angurmati tamu.

9. bab wêdaling catur utawi wêdaling pikiran.

10. bab dados tiyang agêng punapa dados tiyang alit.

11. bab sudaning darajat lan gingsiring wahyu, punapa sababipun.

12. kêdah nyumêrêpi obah-osiking jagat.

Piwulang 12 bab ing nginggil punika lajêng dipun gêlar sarana têtêmbungan cêtha, kidung sakeca.

Tumrapipun kula piwulang ing Sasanasunu, dipun rangkêpi piwulang saking sêrat Ramayana, punika sampun cêkap kangge sanguning agêsang lair batos. Kintên kula kathah wilujêngipun katimbang kaliyan dhawuh ing sangsara. Ewadene prayogi kacobiya kemawon.

Sêrat Sasanasunu punika mawi sêngkalan: sapta catur swarèng janmi = 1747 taun Jawi, sarta sampun kacithakakên kaping 2. Ingkang kantun kala taun 1928, wêdalan toko buku S.M. Diwarna. Nanging anggènipun nyithak dèrèng mawi cara ingkang dipun anggêp sae dening Wetenschap. Têgêsipun botên mawi katandhing-tandhing, namung waton sêrat satunggal. Amila ungêl-ungêlanipun inggih wontên ingkang risak. Kados ta: Pupuh 1 pada 2 mungêl: tuwuh tarlèn saka riya, têgêsipun: tuwuh (urip) iku ora liya mung saka kono (kajêngipun saking arja ring tumuwuh = salamêting agêsang).

Ing pada candhakipun: tumulun, lêrêsipun tumuluy (mêjahi ngê-ya) saking têmbung Kawi tuluy = ambacut. Pada 6 barang rusti lêrêsipun barang gusti, saking têmbung Kawi gosthi = rêrêmbagan makatên salajêngipun, bilih dipun petani tasih kathah tunggilipun ingkang makatên punika.

73. Sêrat Wicara Kêras

Sêrat punika ugi isi piwulangipun KYAHI YASADIPURA II. Namanipun sampun anêdahakên, Wicara Kêras = catur kêncêng. Têgêsipun ing ngriki kyahinipun sampun anjêlu, duka, uninga dhatêng kawontênaning nagari Surakarta kala jaman samantên, anggènipun pating blangkrèh.

Sasampunipun ngèngêtakên: aja dumèh wong gêdhe ... lajêng ngandika makatên (kacêkak):

Page 89: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Ngaku turun Brawijaya, ora sakti. Ngaku anak pandhita, ora bêtah ngêlèh. Ngaku anak pujangga, ora wêruh pa siji. Ngaku anak sujana, nalare liwar. Ngaku anak ngulama, ora bisa ngaji. Ngaku anak cina, ora kucir. Ngaku anak sèntri[11] ora bisa maca KULHU.

Lajêngipun: ... yèn ngaku sutèng raja, pêsthi nalare patitis, yèn anak ing kaum pêsthi bisa ndonga. // Lamun ora mangkonowa, sayêkti liniron bêlis, duk ibune pulangraras, lawan bapakmu nguni, setan kang amomori, yèn ora iku blêkuthur, mulane karêm sasar, mbêlasar arda mênthalit, sêsetane anjahili padha bangsa. //

Mung karême dèn gunggunga, dèn alêma yèn asigit, têlèdhèk ajimprak-jimprak, panganggêpe widadari, yèn kasaliring thithik, padha bangsa nuli padu, datan nganggo ukara, sêsumbar acêrik-cêrik, yèn waniya pêrang mangsa mêngkonowa. //

Mung wanine padha bangsa, dèn rewangi takêr pati, jamak wong ngaku prawira, kaya Sultan Mangkubumi, atapa tur undagi, ing wiweka gathak-gathuk, micara tan sikara, pêsaja nalare mintir, lamun aprang padha Jawa nora arsa. //

Makatên salajêngipun; para agêng ing wayang, saha ing jaman sanès-sanèsipun, ingkang sae dipun alêm, ingkang awon inggih dipun cacad, paribasan ngantos êntèk amêk kurang golèk.

Sêrat Wicara Kêras - lajêngipun nama ONDHE-ONDHE PATIH sampun nate kacithakakên, nanging ing samangke sajak sampun langka sangêt.

74. Sinuhun P.B. IV

Kyahi Yasadipura I lan II punika kagungan sêsarêngan ingkang sami ayasa sêrat Jawi. Inggih punika ingkang SINUHUN P.B. IV, ingkang ayasa sêrat Wulangrèh.

Sêrat punika kala rumiyin misuwur saha dipun èstokakên sangêt dening tiyang Jawi ing Surakarta, kangge ular-ularing agêsang Jawi suwita wontên ing karaton.

Wontên malih piwulang dalêm ingkang Sinuhun P.B. IV nama Wulang Sunu, ngêmot:

Pupuh 1 Dhandhanggula 16 pada, kalêbêt purwakanipun ingkang nurun.

Pupuh 2 Asmarandana 20 pada, Pupuh 3 Sinom 15 pada, Pupuh 4 Pangkur 22 pada, Pupuh 5 Kinanthi 23 pada

Sêrat piwulang punika nunggil kaliyan sêrat Wulangrèh kasêbut ing nginggil, sêratanipun sami Pegon, sarta asli saking Priyangan. Dados kenging dipun anggêp bilih sêrat Wulangrèh punika kala rumiyin inggih dipun waos wontên ing tanah Pasundhan.

Sêkar Kinanthi, pupuh ing nginggil punika pungkasanipun mungêl: rinasa sajroning nala, raose lir madu gêndhis. Lajêng sambêt: pamêdhare wasitaning ati ... Dados bilih makatên sêrat Wulangrèh punika punapa lajêngipun sêrat Wulangsunu wau. Cobi mangke ing wingking dipun taliti malih.

Page 90: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Taksih wontên malih Wulangdalêm ingkang Sinuhun P.B. IV namung sapupuh Dhandhanggula thok, isi 68 pada. Purwakanipun: dhandhanggula kang pinurwèn gêndhing. Mèmpêr purwakanipun sêrat Wulangsunu ing nginggil: Wulangsunu kang kinarya gêndhing.

Sêrat Wulangsunu saha Wulangdalêm satunggalipun punika, sasumêrêp kula, ing Surakarta langka sangêt. Kula dèrèng nate mrangguli. Ingkang kaprah namung sêrat Wulangrèh.

75. Kyahi Sindusastra

Malih barakanipun Kyahi Yasadipura I lan II, ingkang ugi andamêl sêrat Jawi, punika nama Kyahi SINDUSASTRA, abdi dalêm carik ing Kapurbayan; Kangjêng Gusti Pangeran Purbaya punika ingkang lajêng jumênêng Sinuwun P.B. VII.

Damêlanipun Kyahi Sindusastra punika ingkang misuwur, sêrat Arjunasasrabau ingkang mawi sêjarah saha cariyosipun Sugriwa-Subali. Babonipun ingkang dipun angge, cêtha sangêt bilih sêrat Kandha, dipun urut saha dipun wêwahi.

Sêrat Arjunasasra Sindusastran sampun kacithak mawi aksara Jawi, dening PALMER VAN DEN BROEK wontên ing VERHAND. BAT. GEN., babak 34 (1870); Van Dorp, Semarang 1872 kalih deel; van Dorp Semarang 1883 ingkang babak 1; 1886 ingkang babak 2. Kapêrtal ing basa Walandi dening D. L. MOUNIER wontên ing Indisch Magazijn 1.

Sêrat Partayagnya (sanès Partayadnya ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng) inggih damêlanipun Kyahi Sindusastra. Sêrat punika lugunipun anggancarakên lampahan, Partakrama, ugi dipun wiwiti ngangge sêjarah kados ing sêrat Arjunasasra.

Sambêtipun, sêrat Srikandhi Maguru Manah, dipun lajêngakên dumugi lampahan Sêmbadra Larung, lan Cèkèl Wanèngpati. Punika sadaya damêlanipun Kyahi Sindusastra saking dhawuh dalêm Sinuwun P. B. VII, kala taksih nama Pangeran Purbaya.

76. Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga

Kangjêng Pangeran Arya KUSUMADILAGA, punika putranipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkubumi I ing Surakarta (dede Sinuwun Sultan I). Punika inggih ahli sêrat-sêrat punapa dene bab wayang. Yasanipun sêrat lakon: Jagal Bilawa, Lingga Pura, Sêmar Njantur, Kartawiyoga Maling, lan piwulang andhalang nama sêrat Sastramiruda.

Kyahi Sindusastra saha K.P. Kusumadilaga, punika dados ugi namung nama ambangun, botên andamêl sêrat enggal. Awit babonipun sêrat lampahan sampun wontên; inggih punika ingkang kamot ing sêrat Kandha.

77. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom (Sinuwun P.B. V).

Sinuwun P.B. V nalika taksih jumênêng Pangeran Adipati Anom, rêmên sangêt dhatêng sêrat-sêrat. Tandhanipun, mèh sadaya damêlanipun Kyahi Yasadipura II, punika dumados saking

Page 91: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

dhawuh dalêm Kangjêng Gusti. Wontên malih sêrat ingkang dumados saking dhawuh dalêm Kangjêng Gusti, inggih punika sêrat CENTHINI.

Mênggah isinipun sêrat Cênthini wau warni-warni sangêt. Kados ta bab Agami Islam, bab ngèlmu, bab gêndhing, jogèt, dintên awon-sae, sêkar (têmbang), olah-olahan Jawi, lucon, crêmêdan, saha cariyosanipun satunggal-tunggaling panggenan. Wondene anggènipun nyariyosakên wau moncèr sangêt, ingkang lucon inggih sakatogipun, ingkang crêmêdan inggih sasayahipun, ingkang ngèlmon inggih ngantos kandhas. Cêkakipun sami-sami sêrat Jawi Cênthini punika mêgah-mêgahakên.

Kacariyos nalika pandamêlipun wau ingkang anggarap priyantun kathah, ingkang bab agami Kyahi Pangulu Tabsir Anom, ingkang bab gêndhing abdi dalêm dêmang niyaga kiwa têngên, ingkang bab crêmêdan dipun jênêngi Kangjêng Gusti piyambak. Dene bab pangarangipun, Kyai Yasadipura II kaliyan Kyahi Ranggatrasna. Ingkang bab cariyosipun satunggal-tunggaling panggenan, punika Kangjêng Gusti utusan nyatakakên lajêng dipun cathêti; kados ta kawontênan ing pucaking rêdi Lawu, rêdi Kidul, sapanunggilanipun.

Mênggah babonipun sêrat Cênthini, punika sêrat saking pasisir nama Jatiswara. Sêrat punika lajêng dipun karang malih, dipun gêlar ngandhar-andhar, dados sêrat Cênthini.

Sêrat Cênthini sampun kacithakakên; kajawi ingkang cithakan cuwil-cuwilan, ingkang urut, wêdalan Bat. Gen. wolung deel dados 4 buku. Nanging punika dèrèng jangkêp; kêkiranganing cariyos upami kacithakna taksih dados sabuku piyambak.

78. Radèn Ngabèhi Ranggawarsita

R. Ng. Ranggawarsita punika kalêrês wayahipun Kyahi Yasadipura II. Dados inggih turun bujangga tulèn. Ing ngriki botên badhe kula aturakên sajarahipun utawi lêlampahanipun; awit bab punika sampun kapratelakakên wontên ing sêrat sanès. Ingkang badhe kula aturakên namung damêlanipun sêrat-sêrat, ingkang kula sumêrêp. Inggih punika sêrat:

79. Paramayoga

Sêrat punika mawi kadosdene Inleiding makatên, ungêlipun kados ing ngandhap punika.

"Sêrat Paramayoga punika nyariyosakên lêlampahanipun Kanjêng Nabi Adam kaliyan lêlampahan sarta têrah-tumêrahipun para dewa, ing salajêngipun ngantos dumugi cariyos wiwitanipun tanah Jawi dipun dunungi manusa.

Mênggah wêwatonipun mêndhêt saking cariyos ingkang kocap ing sêrat Jitapsara, anggitanipun Bagawan Palasara ing Ngastina saking anggènipun nukil suraosipun Pustaka Darya, babon saking tanah Indhu lajêng katêpangakên kaliyan suraosipun kitab Niladunirèn, babon saking Najran, sarta kitab Sitatul, babon saking Selan ... enz. Ananging suraosipun kitab-kitab wau amung kapêthikan ingkan[12] wontên cariyosipun tumrap ing sêrat-sêrat Paramayoga kemawon, saha mawi anukil sakathahing hikayat, utawi riwayat, lajêng katurutakên kaliyan etanging taun srêngenge sarta taun rêmbulan. Urutipun cariyos kados ing ngandhap punika".

Page 92: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Kawuningana, ingkang dipun cariyosakên sêrat nama Jitapsara, anggitanipun Bagawan Palasara ing Ngastina, punika sasumêrêp kula botên wontên. Wontên sêrat nama Jitapsara, nanging punika anggitanipun R. Ng. Ranggawarsita piyambak. (Mangke badhe dipun aturakên).

Makatên ugi sêrat nama Pustaka Darya, babon saking tanah Indhu, punika sasumêrêp kula inggih botên wontên. Bab sêrat-sêrat ingkang nama Arab, kula botên sagêd ngaturakên katrangan barang-barang, saking cupêting kawruh kula dhatêng kitab-kitab Arab. Punapa sêrat-sêrat (kitab) Arab ingkang dipun pratelakakên ing sêrat Paramayoga wau nyata wontên utawi mbotên, punika namung kula sumanggakakên.

Ing sanyata-nyatanipun ingkang nyata, sêrat Paramayoga punika babonipun sêrat Kandha, ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng. Sêrat Kandha punika dening R. Ng. Ranggawarsita dipun damêl basa gancar, dipun wangun, dipun ewahi, dipun wêwahi kathah sangêt. Wêwahan punika sabageyan agêng angsalipun, R. Ng. Ranggawarsita saking anggènipun mirêng cariyosipun mitranipun bangsa Walandi, C.F. Winter saha Cohen Stuart. Kados ta nama-nama ingkang saking ngèlmu bumi: Laut Kaspi, rêdi Kaokasus, l.s.p.

Malih ingkang kenging dipun wastani wêwahan saking R. Ng. Ranggawarsita punika tunggilipun nama Adam, kadadosakên At-hama, kados-kadosa nama Sanskrit, asal saking Indhu. Nama At-hama punika ing kawruh kadewan Indhu, sasumêrêp kula, botên wontên. Wontên têmbung atman ingkang kêrêp kangge wontên ing filosofie Indhu, têgêsipun nyawa, jiwa, urip.

Pratelan bab wontênipun taun surya saha taun rêmbulan, punika inggih wêwahanipun R. Ng. Ranggawarsita piyambak. Ing tanah Jawi sadèrèngipun taun 1555, jaman Sultan Agungan, taunipun namung taun surya, kados ingkang taksih kangge ing tanah Bali jaman samangke.

Pungkasanipun sêrat Paramayoga ungêlipun makatên:

"Kacariyos sarêng dumuginipun taun Indhu saking jaman Pancamakala angka 768 taun Adam, angka 5154 ing taun srêngenge utawi 5306 ing taun rêmbulan, panjênênganipun Prabu Isaka, ratu ing nagari Surati tanah Indhustan, inggih punika ingkang sinêbut nama Aji Saka, nagarinipun kabêdhah ing mêngsah. Sang prabu lajêng jêngkar saking praja ngungsi ing wana, dumuginipun ing wana dipun panggihi dening kang rama Bathara Anggajali, sang prabu dhinawuhan amaratapa dhatêng pulo ingkang suwung, prênah kidul-wetanipun tanah Indhu, sang prabu lajêng mangkat dhatêng pulo suwêng, inggih punika pulo Jawi. Sarawuhipun ing pulo Jawi sang prabu lajêng asêsilih nama Êmpu Sangkala.

Dumugi samantên têlasing cariyos ingkang kawrat ing sêrat Paramayoga, punika lajêng nyandhak cariyos ingkang kocap ing sêrat Pustakaraja Purwa, tamat".

Kula wangsuli malih atur kula: sêrat Paramayoga punika wosipun sêrat Kandha kadamêl basa gancar mawi kawêwahan, kaewahan manut pamirêng saha kaparêngipun R. Ng. Ranggawarsita piyambak.

Sêrat Paramayoga sampun kacithakakên mawi aksara Jawi taun 1922.

Page 93: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

80. Sêrat Jitapsara

Kados ingkang sampun kaaturakên ing nginggil, sêrat punika ugi damêlanipun R. Ng. Ranggawarsita. Wondene ingkang dipun cariyosakên mèh sami kemawon kaliyan ingkang kasêbut ing sêrat Paramayoga. Namung têtêmbunganipun ing sêrat Jitapsara, punika yèn cara Ngayoja, kadamêl macak. Anggènipun macakakên sarana ngangge têmbung Kawi sawatawis kathah. Nanging sarèhne R. Ng. Ranggawarsita punika botên sagêd dhatêng basa Kawi, dados panganggenipun têmbung-têmbung Kawi wau namung sakarsanipun piyambak kemawon, amila inggih angèl sangêt anggènipun badhe nyumêrêpi têgêsing têmbung-têmbung wau, saking mbotên sumêrêp dhatêng karsanipun ingkang ngangge, murih têrang ing ngandhap punika dipun aturakên contonipun.

Pustaka Jitapsara

// o // i o mandra // o // Om u sidhha ring sedyana, tar sèng wardaya'stungkara, ngang ring hyang Jagat matri traya, dyama amuda di pradana, ngang sinunging daniwasmaya, mahya kridaning rat raya, ngang triyodara rana wisaya, wiwisunda sandaning dwisti, ngang, adyan pudyaning asudra, kang andon mandanèng ciptamaya, lumayènging parasdya, kang natani èsthining tyas kung, anglahirakên ung kara, om hyangkun mèh hemmah maya, cipta nindyastananing sang kawiswara, puhara radi arja ing Surakarta, kang murut matêpêt loka ya, dera mêdar kamudahaning suksmaya jati, ingkang amratelakakên sangkêping prahyagsana kulah kasampurnan sajatining gêsang, supana mambuka pranawa nalaning sampali, kang tarwilun kalulun amirasa, karaos ing dalêm raswita wiwitaning pinudya dahat kalinggamurda.

Wangsul mênggah sangkêping pratyagsana kang kasêbut ing dalêm pustaka Mahadewa wau, mangkya winêdhar ... salajêngipun. Kados makatên punika ungêl-ungêlan ing sêrat Jitapsara. Ungêl-ungêlanipun mbotên namung gancar, wontên ingkang mawi sêkar, sêlang-sêling kaliyan ingkang gancar, contonipun kados ing ngandhap punika.

Yadin kadyatmikan kang jinarwi, jroning Jitapsara hyang Athama, sigra murwèng ning monênge, mangèsthi kung sêmangut, masadrasa smara kinarti, ri tata tri asmara, rèh kang pinarsèstu, tar lyan mung asmara cipta, lan asmara turida sangkêp ping katri, trusthi asmara agama.

Yeka smaraning ka kang sajati, tibrastha randa amisik garwa, sagati ring jro jinême, mong kung apulang lutut, kelut ing nis wahyaning rêsmi, mêhêng asmaracipta, kang kèsthi kalulun, lalu nimpune sotama, tarpantara rahsana mimba sinandi, jroning cupu kulama.

Makatên salajêngipun. Punika cariyos badhe dumadosipun Nabi Sis. Yèn namung grêban inggih mangrêtos, nanging yèn dipun dumuki satêmbung-têmbung, dipun pêndhêt têgêsipun, kula mbotên sagêd mangrêtos.

Ing nginggil sampun kaaturakên bilih cariyos ing sêrat Jitapsara punika mèmpêr cariyosa ing Paramayoga. Kalih-kalihipun damêlanipun R. Ng. Ranggawarsita, sabageyan agêng mêndhêt saking sêrat Kandha, sabageyan saking gagasanipun piyambak.

Page 94: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Pungkasanipun sêrat Jitapsara mungêl makatên:

nahan ta ing nalika punika hyang Tunggal jata nangsaya tunggal pranayaning driya, kadya pradiptaning pradtanggapi ing mangsa sakri, kawismaya sotaning tyas sumêka danira manujarwi, lajuning rèh lahiring cariyos, kang mawèh saryastura, turuting taliti saking nabi Adam, wiyosipun inggih punika hyang At-hama, kaliyan ibu Kawa tinêdahakên wijanging turasipun satunggal-satunggal anggènipun sami mangun nastapa, brata brangta amamudya dalah salêlampahanipun, botên wontên ingkang kalangkungan, urutipun kang sami kasêbut ing dalêm wirayat prapta mandhirining hyang Jagat matri traya, mangka sasandhaning amursita trusthining kata amusthi rarasmayaning dyatmika, dènira mangandikakakên kados ing ngandhap punika. Sambêtipun mbotên wontên.

Nama Jitapsara punika lugunipun saking têmbung jitakshara têgêsipun mênang karo tulis. Ingkang dipun wastani tiyang ingkang mênang karo tulis, punika tiyang sagêd; ing basa Walandi geleerde in de taal en litteratuur.

81. Sêrat Pustakraja

Pratelan kula bab sêrat Pustakaraja, punika kirang langkung sami kaliyan ingkang sampun kaaturakên bab sêrat Paramayoga. Sêrat Pustakaraja punika wosipun dumados saking sêrat lakon wayang, saking pamirêngipun R. Ng. Ranggawarsita cariyos saking mitranipun, bangsa Walandi, saha dongèng-dongèng ingkang kala jaman samantên sampun wontên. Sadaya wau mawi dipun wêwahi, dipun ewahi, dening R. Ng. Ranggawarsita, sakaparêngipun.

Inggih kadospundi-kadospundiya, cêkakipun sêrat Pustakaraja, punika sabageyan agêng sangêt, namung isi omong-kosongipun R. Ng. Ranggawarsita. Sadaya sêrat-sêrat ingkang dipun cariyosakên wontên ing Pustakaraja: sêrat Mahaparwa, Purwapada, Sabaloka, Mahadewa, Maharêsi, sapanunggilanipun, punika nyatanipun botên wontên saha botên nate wontên.

Wontên sêrat ingkang dipun sêbut nama Sumanantaka "punika cariyos kala Sang Hyang Wisnu dados dhukun". Nama Sumanantaka punika risakan saking Sumasanantaka. R. Ng. Ranggawarsita nate mirêng nama punika saking mitranipun, lajêng dipun lêbêtakên ing sêratipun Pustakaraja, botên mawi uninga dhatêng isinipun sakêdhik-kêdhika.

Makatên ugi sêrat Smaradahana, rèhne mawi dahana (latu), lajêng dipun pratelakakên yèn nyariyosakên kabasminipun Bale Gala-gala. Makatên sapiturutipun. Pratelan kula bab sêrat Pustakaraja botên pêrlu kapanjangakên.

Sêrat Pustakaraja sampun kacithakakên ing pangêcapan H. BUNING ing Ngayogyakarta, taun 1884. Cithakan ingkang kaping kalih kala taun 1906.

82. Sêrat Cêmporèt

Sêrat Cêmporèt punika yasanipun R. Ng. Ranggawarsita, saking dhawuh kaparêngipun Ingkang Sinuwun Sri P. B. IX mawi titimangsa sêngkala song song gora candra = taun Jawi 1799.

Page 95: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

Ikêtanipun ukara ngrawit sangêt. Sugih purwakanthi. Basanipun alus manuhara, ngantos kêmanuharanên. Têgêsipun paginêmanipun tiyang dhusun, tiyang èstri dhusun, kados wicaranipun priyantun kitha ingkang adakik-dakik dhatêng wicara. Lan sadaya rêmbagipun ingkang dipun cariyosakên têmtu panjang.

Gancaraning cariyosipun sêrat Cêmporèt wau têtela mêndhêt srêmpilaning cariyosipun sêrat Tantupanggêlaran. Ingkang sampun tumimbal dados dongèng utawi gotèk, lajêng dipun wêwahi cariyos malih dening R. Ng. Ranggawarsita, kadhapur lêlampahan, wujudipun makatên.

Wontên para ratu ingkang sami jumênêng, ing Jêpara, ing Pagêlèn, ing Prambanan. Asma Sri Karungkala, Sri Katungmalaras, Sri Sandhanggarba. Punika para putranipun sami lolos murca saking nagari lêlana piyambak-piyambak. Wontên ingkang dados sato wana. Wontên ingkang dhatêng padhusunan. Ngantos dados sungkawanipun para ibu ramanipun. Putra Pagêlèn asma R. Jaka Pramana wontên dhusun Cêngkarsari, wontên panggenanipun Buyut Cêmporèt, dhaup kaliyan anak puponipun Ki Cêmporèt, ingkang nama Rara Kumênyar. Sajatosipun Rara Kumênyar wau putranipun ratu ing Jêpara. Badhe dhaupipun punika mawi sarana dipun congkoki pêksi menco ingkang sagêd tata janma ginêman. Saha mawi rêrekan sêsupe sêsotya ingkang sagêd ngirup wêwarnèn = gambar potrèt. Sasampunipun bab punika lajêng mratelakakên sadaya para putra nata ingkang sami lolos saking praja kasêbut ing nginggil, sami kondur dhatêng praja, saha sami manggih kamulyan piyambak-piyambak. Dene lêlampahan sadèrèngipun sami kondur wau tansah sami manggih utawi nglampahi kawontênan ingkang elok-elok. Bab kaelokanipun mbotên têbih kaliyan ingkang sami kasêbut ing sêrat Pustakaraja.

Mênggah karsanipun R. Ng. Ranggawarsita makatên wau saking pandugi kula mbokmanawi badhe nuju dhatêng ing akathah, rèhne kala jaman samantên bangsa Jawi ing Surakarta taksih kathah ingkang rêmên dhatêng kaelokan.

Sêrat Cêmporèt punika mawi têmbang macapat, sarta sampun kacithah ing pangêcapanipun tuwan Rusche ing Surakarta, kala taun Masehi 1856. Wondene ungêling purwaka kados ing ngandhap punika, mawi sandi asma jangkêp. Têmbang Dhandhanggula.[13]

Songsong gora candraning hartati, lwir winidyan sarosèng parasdya, ringa-ringa pangriptane, tan darbe labdèng kawruh, angruruhi wênganing budi, kang mirong ruharèng tyas, jaga hangkara nung, minta luwaring duhkita, kaywa kongsi kewran lukitèng kintèki, kang kata ginupita.

Pangapusing pustaka sayêkti, saking karsa dalêm sri narendra, kang kaping sanga mandhirèng, Surakarta praja gung, sumbagèng rat dibya di murti, martotama susanta, santosa mbêg sadu, sadargèng galih lêgawa, sihing wadya gung alit samya mêmuji, raharjèng praja nata.

83. Sêrat babad Prayut

Sêrat babad Prayut punika lêlajênganipun sêrat Babad Giyanti. Dados ugi yasan Yasadipuran. Mila karan nama Prayut, amargi nyariyosakên sasampuning sirêp pêrang Gianti, lajêng garwanipun K.P.H. Mangkunagara, asma Ratu Bandara, putranipun Kangjêng Sultan ing Ngayogya kapêgatakên, saking karsanipun K. Sultan. Nuntên dados pêrang alit-alitan. Corok-

Page 96: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

cinorok siti bawah Ngayogya lan Surakarta. Nanging lajêng sirêp saking karukunakên dening para luhur kaliyan gupêrmèn.

Salajêngipun mratelakakên kêkantunan pêrang alit-alit. Mêrangi para kraman ingkang dèrèng sami têluk. Kados ta pêrangipun P.H. Prabujaka, pêrangipun Panêmbahan Kowak tuwin pêrangipun R. Wiratmêja. Saha nyariyosakên lêlayanipun kraton Ngayogya kaliyan kraton Surakarta. Namung bab rêrakêtan sawatawis.

Cêcengkokan saha ikêtanipun ukara ugi sae sangêt anggêsangakên raos. Cêtha panyithaking wêwujudan, tuwin manawi rêmbag damêl lêlèjêm ulah sêmu katingal lungit sangêt.

84. Sêrat Babad Pakêpung

Sêrat Babad Pakêpung punika dumados salêbêtipun Ingkang Sinuhun P.B. IV jumênêng. Sêrat punika kalêbêt sêrat alit. Nyariyosakên Ingkang Sinuhun P.B. IV, ngingah tiyang ingkang kaanggêp sêkti, nama Bahman, Wiradigda, Panêngah kaliyan Kanduruhan. Ingkang makatên wau lajêng dados sanggarungginipun gupêrmèn, kaliyan karaton ing Ngayogya. Kagalih badhe dados rêribêd. Cêkakipun ing Surakarta lajêng kakêpung barisan saking Ngayogya, gupêrmèn saha Mangkunagaran. Ing kraton Surakarta sangêt kuwur, sarta ribêt. Ludhanging rêribêt sarta bibaring pangêpung wau saking pamrayoginipun para sêpuh ing Surakarta, kêdah ambêsta tiyang sakawan ingkang kakintên sêkti tur dados rêruwêt wau.

Sêrat Babad Pakêpung punika kacariyos yasan Yasadipuran. Dene pacak laguning ikêtan ugi gêsang, sae sarta cêtha. Suraosing ukara antêp, trincing mbotên nglèwèr, mawi titimangsa taun.

Ungêl-ungêlanipun purwaka kula pêthik, makatên:

1. Kang sinawung sêkar gula milir, duk jumênêng dalêm Jêng Susunan, nênggih Pakubuwanane, ye kang Abdurrachmanu, Sayidina Panata Gami, Senapati Ngalaga, ingkang kaping catur, kang ngadhaton Surakarta, dèrèng lama dènya jumênêng narpati, wantu nata taruna.

2. Ingadhêpan abdi kang tan yukti, nama Panêngah lan Wiradigda, Bahman kalawan Nursalèh, samya ngadoni atur, pinrih bênggang lawan Kumpêni, aturnya mring sang nata, wong papat punika, akathah sasanggupira, atêmahan kawêdhar tyasnya sang aji, kenyut mring setan papat.

168

3. Saature dhinahar mring aji, nata supe mring pamomongira, rina wêngi esok sore, mung setan papat iku, kang ginagas (ka)-gagas ing galih, abdi pamomongira, awit kala timur, Ngabèhi Yasadipura, wus siningkur tan kanggêp sahaturnèki, dadya nahên sangkawa.

Sêrat Prayut kaliyan sêrat Pakêpung, sasumêrêp kula dèrèng nate dipun cap. Sêrat kêkalih wau sami têmbang macapat.

PRATELAN BUKU-BUKU

Page 97: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

KAPUSTAKAN JAWI ... V

I. SÊRAT-SÊRAT JAWI KINA INGKANG GOLONGAN SÊPUH ... 1

1. Sêrat Candrakirana ... 1

2. Sêrat Ramayana ... 2

3. Sang Hyang Kamahayanikan ... 5

4. Brahmandhapurana ... 6

5. Agastyaparwa ... 7

6. Uttarakandha ... 8

7. Adiparwa ... 9

8. Sabhaparwa ... 9

9. Wirathaparwa ... 9

10. Udyogaparwa ... 10

11. Bhismaparwa ... 11

12. Asramawasanaparwa ... 11

13. Mosalaparwa ... 12

14. Prasthanikaparwa ... 13

15. Swargarohanaparwa ... 14

16. Kunjarakarna ... 14

II. SÊRAT JAWI KINA INGKANG MAWI SÊKAR ... 16

17. Arjunawiwaha ... 16

18. Krêsnayana ... 17

19. Sumanasantaka ... 18

20. Smaradahana ... 20

Page 98: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

21. Bhomakawya ... 22

22. Bharatayuddha ... 24

23. Hariwangsa ... 26

170

24. Gathotkaca Sraya ... 29

25. Wrêttasancaya ... 33

26. Lubdhaka ... 35

III. SÊRAT-SÊRAT JAWI KINA INGKANG GOLONGAN ÊNÈM ... 39

27. Brahmandhapurana ... 39

28. Kunjarakarna ... 40

29. Nagarakrêtagama ... 40

30. Arjunawijaya ... 42

31. Sutasoma utawi Purusada-santa ... 42

32. Parthayadnya ... 46

33. Nitiçastra ... 49

34. Nirarthaprakrêta ... 52

35. Dharmaçunya ... 53

36. Hariçraya ... 55

IV. THUKULIPUN BASA JAWI TÊNGAHAN ... 56

37. Tantupanggêlaran, gancar ... 56

38. Calonarang, gancar ... 59

39. Tantri Kamandaka, gancar ... 62

40. Korawaçrama, gancar ... 67

Page 99: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

41. Sêrat Pararaton ... 69

V. KIDUNG BASA JAWI TÊNGAHAN ... 71

42. Dewaruci, mawi sêkar ... 73

43. Sêrat Sudamala, mawi sêkar ... 75

44. Sêrat Kidung Subrata, mawi sêkar ... 79

45. Sêrat Panji Angrèni, mawi sêkar ... 82

46. Sêrat Sri Tanjung, mawi sêkar ... 85

VI. JAMAN ISLAM ... 91

47. Het boek van Bonang, gancar ... 92

48. Een Javaans Geschrift uit de 16e eeuw, gancar ... 93

49. Suluk Sukarsa, mawi sêkar ... 94

50. Kojajajahan, mawi sêkar ... 96

51. Suluk wujil, mawi sêkar ... 98

171

52. Suluk Malangsumirang, mawi sêkar ... 100

53. Sêrat Nitisruti, mawi sêkar ... 102

54. Sêrat Nitipraja, mawi sêkar ... 105

55. Sêrat Sewaka, mawi sêkar ... 107

56. Sêrat Menak, mawi sêkar ... 109

57. Sêrat Rêngganis, mawi sêkar ... 111

58. Sêrat Manikmaya, mawi sêkar ... 119

59. Sêrat Ambiya, mawi sêkar ... 122

60. Sêrat Kandha, mawi sêkar ... 124

Page 100: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

VII. JAMAN SURAKARTA AWAL ... 133

61. Kyahi Yasadipura I lan II ... 134

62. Sêrat Bratayuda ... 137

63. Sêrat Panitisastra ... 140

64. Sêrat Arjunasasra utawi Lokapala ... 143

65. Sêrat Darmasunya ... 143

66. Sêrat Dewaruci Jarwa ... 145

67. Sêrat Menak ... 148

68. Sêrat Ambia Yasadipuran ... 149

69. Sêrat Tajusalatin ... 149

70. Sêrat Cêbolèk ... 150

71. Sêrat Babad Giyanti ... 150

72. Sêrat Sasanasunu ... 151

73. Sêrat Wicara Kêars[14] ... 153

74. Sinuhun P. B. IV ... 154

75. Kyahi Sindusastra ... 155

76. Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga ... 156

77. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom (Sinuwun P.B. V) ... 157

78. Radèn Ngabèhi Ranggawarsita ... 158

79. Paramayoga ... 158

80. Sêrat Jitapsara ... 160

81. Sêrat Pustakaraja ... 163

82. Serat Cêmporèt ... 164

Page 101: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah

83. Sêrat Babad Prayut ... 166

84. Sêrat Babad Pakêpung ... 167

[0]

[Iklan]

1. tinêmbang (kembali)2. Bharatayuddha (kembali)3. taun (kembali)4. Panitisastra (kembali)5. § Enggal mangke Museum Jakarta mêntas tumbas sêrat NITISASTRA ingkang ngêmot

pintên-pintên pupuh, ambokmanawi punika tunggilipun Nitisastra ingkang dipun pratelakakên dening DR MOUNIER. (kembali)

6. Panitisastra (kembali)7. linuhung (kembali)8. barakan. (kembali)9. Darmasunya (kembali)10. Mangkubumi (kembali)11. santri (kembali)12. ingkang (kembali)13. § Sandi asma wau mungêl: RA DYAN NGA BÈ HI RONG GA WAR SI TA. (kembali)14. Kêras (kembali)

 

Kategori

Agama dan Kepercayaan Arsip dan Sejarah Bahasa dan Budaya Kisah, Cerita dan Kronikal Koran, Majalah dan Jurnal

Referensi

Huruf Jawa Lambang Fonetis Penanggalan Jawa Singkatan dan Akronim

Copyright © 2011-13 Yayasan Sastra Lestari. All Rights Reserved.

Page 102: sdwijosusastro.files.wordpress.com · Web viewIngkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah