skripsi - · pdf filelandhesan teori ing skripsi punika ngginakaken filsafat, filsafat jawi,...
TRANSCRIPT
i
SKRIPSI
FILOSOFI MRAPEN ABADHI ING KITHA GROBOGAN TUMRAP
BEBRAYAN JAWI
SKRIPSI
Dening :
Sunarti
06430425
PROGAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA
FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI
IKIP PGRI SEMARANG
2010
i
SKRIPSI
FILOSOFI MRAPEN ABADHI ING KITHA GROBOGAN TUMRAP
BEBRAYAN JAWI
Dipunajengaken minangka syarat kangge njangkepi gelar Sarjana Pendidikan
Bahasa dan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang
Dening :
Sunarti
06430425
PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA
FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI
IKIP PGRI SEMARANG
2010
ii
PASARUJUKAN
Minangka Pambimbing I saha Pambimbing II mahasiswa IKIP PGRI Semarang,
Nami : Sunarti
NPM : 06430425
Jurusan : Pedidikan Bahasa dan Sastra Jawa
Fakultas : Pendidikan Bahasa dan Seni
Irah – irahan Skripsi : “ Filosofi Mrapen Abadhi ing Kitha Grobogan
Tumrap Bebrayan Jawi ”.
Ngandharaken bilih skripsi ingkang dipundamel dening mahasiswa kasebat
sampun purna salajengipun saged dipunadani pandadaran.
Semarang, Juni 2010
Pambimbing I, Pambimbing II,
Sutadi, S.Pd., M.Pd. Sunarya, S.S.NIP. 196705041990031012 NPP. 096801243
Nguningani,
Kaprogdi PBSJ
Dra. HR. Utami. M.Hum.NPP. 916301071
iii
PENGESAHAN
Skripsi ingkang asesirah “ Filosofi Mrapen Abadhi ing Kitha Grobogan Tumrap
Bebrayan Jawi” ingkang dipunserat dening Sunarti sampun dipuntanggel
jawabaken ing ngarsanipun dewan Penguji Skripsi, Fakultas Bahasa dan Seni
IKIP PGRI Semarang.
Ari : Rebo Legi
Surya : 7 Juli 2010
Panitya Penguji,
Pangarsa, Panyitra,
Dra. Sri Suciati, M. Hum. Dra. HR. Utami, M.Hum.NIP. 196503161990032002 NPP. 916301071
Anggota Penguji,
1. Sutadi, S.Pd., M.Pd. (.................................)NIP. 196705041990031012
2. Sunarya, S.S. (.................................)NPP. 096801243
3. Sudianto, S.H., M.Si. (................................)NIP.
iv
SESANTI SAHA PISUNGSUNG
Sesanti
1. Sejatosipun Gusti Allah boten ngewahi kawontenan manungsa, menawi
manungsa kasebat boten ngewahi kawontenan piyambakipun ( Q. S. Ar Radu:
11).
2. Sejatosipun para waliyullah punika boten wonten raos khawatir dhumateng
piyambakipun saha boten susah manahipun ( Q. S. Yunus : 62 ).
3. Manungsa menawi syukuri nikmatipun Allah, pramila nikmatipun
dipuntambahi. Kosok wangsulipun menawi manungsa boten syukuri
nikmatipun Allah sejatosipun siksanipun sakit sanget ( Q. S. Ibrahim : 7 ).
Pisungsung
1. Gusti Allah Maha Kuwasa ingkang tansah paring
kenikmatan.
2. Bapak saha Ibu ingkang kula tresnani.
3. Dosen PBSJ IKIP PGRI Semarang ingkang
kinurmatan.
4. Sedaya murobby ingkang kula tresnani.
5. Sedaya sedherek ingkang kula tresnani.
6. Kanca – kanca wisma Al-Quds, wisma Mafaza, saha
wisma Al-fauza ingkang kula tresnani.
7. Kanca – kanca kelas J PBSJ angkatan 2006.
8. Bebrayan Jawi ingkang nguri – uri kabudayan Jawi.
v
ATUR CECALA
Kanthi ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun
pinaringan rahmat saha hidayahipun pramila panyeratan skripsi kanthi irah –
irahan “ Filosofi Mrapen Abadhi ing Kitha Grobogan Tumrap Bebrayan Jawa ”
saged purna tanpa boten wonten pambengan punapa kemawon.
Panyeratan skripsi punika awujud tugas ingkang pungkasan tumraping
mahasiswa kangge njangkepi mata kuliah ing Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa,
Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni, IKIP PGRI Semarang.
Sakderengipun panyeratan skripsi punika purna, panyerat sampun kathah
pikantuk pambiyantu saking sedaya pihak. Pramila andhap asoring manah,
panaliti ngaturaken matur nuwun dhumateng tiyang ingkang sampun pambiyantu
kados kasebat ing ngandhap punika.
1. Muhdi, S. H., M. Hum. minangka Rektor IKIP PGRI Semarang.
2. Dra. Sri Suciati, M.Hum. minangka Dekan FPBS IKIP PGRI Semarang.
3. Dra. HR. Utami, M.Hum. minangka Kaprogdi Bahasa dan Sastra Jawa
IKIP PGRI Semarang.
4. Sutadi, S.Pd., M.Pd. minangka Pambimbing I saha Sunarya, S.S.
minangka Pambimbing II ingkang satuhu paring pambimbingan panaliti
anggenipun damel skripsi.
5. Bapak, Ibu saha sedherek kula ingkang sampun paring ndedonga saha
maringi greget damel skripsi.
6. Bapak, Ibu dosen PBSJ ingkang sampun paring kawruh ing pakuliahan.
vi
7. Sedaya bebrayan Jawi ing Dhusun Mlatih, Desa Manggarmas, Kecamatan
Godong, Kabupaten Grobogan, mliginipun tiyang ingkang paring
katrangan.
8. Dinas pariwisata kitha Grobogan ingkang paring katrangan.
9. Kanca – kanca kelas J PBSJ angkatan 2006 ingkang satuhu maringi greget
kula anggenipun damel skripsi.
10. Pihak ingkang boten saged dipunsebataken kanthi mligi.
Purnaning atur mugi – mugi skripsi punika saged mumpangati sedaya
para bebrayan Jawi saha saged nguri – uri kabudayan Jawi.
Semarang, Juni 2010
Panyerat
vii
SARI PATHI
Sunarti. NPM : 06430425. Filosofi Mrapen Abadhi ing Kitha GroboganTumrap Bebrayan Jawi. Progdi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa. FakultasPendidikan Bahasa dan Seni. IKIP PGRI Semarang. Taun 2010. Pambimbing I:Sutadi, S.Pd., M.Pd. Pambimbing II : Sunarya, S.S.
Tembung Uwos : Filosofi Mrapen AbadhiLandhesan pamilihing irah – irahan ing skripsi punika kawontenan ing
Mrapen Abadhi kathah kapitadosan bebrayan Jawi ingkang boten sageddipunnalar. Kados patilasan Mrapen Abadhi ing latu mrapen kangge pendamelanrestaurant ingkang kawitan, sela bobot kangge ngadu nasib, toyanipun sendhangdhudha kangge ngobati sesakit kulit. Sejatosipun nyeyuwun napa kemawonpunika namung dhumateng Gusti Allah. Momotaning prakawis ngrembagbabagan asal – usul Mrapen Abadhi, patilasan Sunan Kalijaga ing MrapenAbadhi, kapitadosan bebrayan Jawi ing Mrapen Abadhi, filosofi Mrapen Abadhisaking dhasar agami, saha filosofi Mrapen Abadhi tumrap bebrayan Jawi.Ancasipun panaliten punika supados saged kaandharaken sedaya momotanprakawis ingkang dipunrembag. Mumpangating panaliten kangge miwuhi kawruhbabagan kabudayan Jawi, mliginipun filosofi ing Mrapen Abadhi kitha Grobogan.
Landhesan teori ing skripsi punika ngginakaken filsafat, filsafat jawi,Mrapen Abadhi ing kitha Grobogan saha kitha Grobogan. Filsafat punikangrembag kados pundi menggalih kanthi lebet sanget prakawis ingkangdipuntaliti. Filsafat jawi punika ngrembag sangkan paran ing dumadi ( kawitansaha pungkasan ing pagesangan punika dipunwangsulaken dhumateng GustiAllah), saha manunggaling kawula ing Gusti ( manungsa punika manembahdhumateng Gusti Allah ). Mrapen Abadhi punika ngrembag latu Mrapen Abadhi,Sela Bobot saha Sendhang Dhudha. Kitha Grobogan punika ngrembag kadospundi kawontenan letak geografis, kathahipun bebrayan Jawi kitha Grobogan,saha sapanunggalanipun.
Panaliten punika ngginakaken metode panaliten kualitatif. Panalitenkualitatif inggih punika reroncening panaliten ingkang ngasilaken dhata deskriptifarupi dhata seratan saha lesan saking tiyang ingkang dipuntaliti. Papan panalitening Dhusun Mlatih, Desa Manggarmas, Kecamatan Godong, KabupatenGrobogan. Wujudipun panaliten inggih punika panaliten kualitatif deskriptif.Jinisipun panaliten punika panaliten lapangan ingkang dipunsengkuyungkapustakan. Sumber dhata saking dhata lesan saha dhata seratan. Menawi dhatapikantuk saking katrangan wawan rembag dhumateng juru kunci, bebrayan Jawi,tokoh agami saha sapanunggalanipun. Teknik pangempalan dhata sakingobservasi, wawan rembag, saha kapustakan. Teknik analisis dhata ing panalitenpunika ngginakaken kanthi cara deskriptif, klasifikasi, evaluasi, saha mundhutdudutanipun.
Asilipun panaliten punika bebrayan Jawi pitados saha boten pitados ingMrapen Abadhi. Bebrayan jawi ingkang pitados Mrapen Abadhi minangka barangkeramat, bilih sedaya kawontenan ingkang wonten ing Mrapen Abadhi menawinyeyuwun ingkang dipunpikajengaken saged kagayuh. Menawi ingkang boten
viii
pitados bilih kawontenan Mrapen Abadhi punika pikajengan ingkang dipunsuwundhumateng Gusti Allah. Kawontenan ing Mrapen Abadhi kedah dipunpenggalihkanthi lebet sanget kawontenan punapa ingkang saged mekaten. Saking sedayakapitadosan bebrayan Jawi punika kedah dipunwangsulaken dhumateng GustiAllah. Menggalihipun bebrayan Jawi punika ndadosaken manungsa ingkangngudi kasampurnan. Manungsa kedah kemutan saha nyeyuwun napa kemawonnamung dhumateng Gusti Allah.
Pamrayogi panaliten supados panaliti saged mangertos kanthi langsungkawontenan ing Mrapen Abadhi amargi panaliti punika saged mangertos sakingkatrangan bebrayan Jawi ingkang caket Mrapen Abadhi. Bebrayan Jawianggenipun ngawontenaken upacara ritual punika ampun klentu anggenipunnyuwun pikajengan, saha kabudayan Jawi ing Mrapen Abadhi punika kedahdipunjagi saha dipunlestantuaken.
ix
ABSTRAK
Sunarti. NPM : 06430425. Filosofi Mrapen Abadhi ing Kitha GroboganTumrap Bebrayan Jawi. Progdi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa. FakultasPendidikan Bahasa dan Seni. IKIP PGRI Semarang. Tahun 2010. Pambimbing I :Sutadi, S.Pd, M.Pd. Pambimbing II : Sunarya, S.S.
Kata kunci : Filosofi Mrapen AbadhiLandasan pemilihan judul penelitian ini adalah banyaknya kepercayaan di
Mrapen Abadhi bagi masyarakat jawa yang tidak bisa dinalar. Seperti Api Mrapenuntuk pembuatan restaurant yang pertama, batu bobot untuk mengadu nasib danair sendhang dhudha untuk mengobati segala penyakit. Sebenarnya memintaapapun hanya kepada Allah SWT. Permasalahan yang dibahas adalah asal usulMrapen Abadhi, peninggalan Sunan Kalijaga di Mrapen Abadhi, kepercayaanmasyarakat jawa di Mrapen Abadhi, filosofi Mrapen Abadhi dari segi agama,filosofi Mrapen Abadhi bagi masyarakat jawa. Tujuan penelitian untukmenjelaskan semua yang dibahas di dalam permasalahan. Manfaat penelitian iniuntuk menambah pengetahuan tentang kebudayaan jawa terutama filosofi diMrapen Abadhi kota Grobogan.
Landasan teori yang digunakan pada skripsi ini adalah filsafat, filsafatjawa, mrapen abadhi di kota Grobogan dan kota Grobogan. Filsafat membahasbagaimana cara berpikir dengan sangat dalam terhadap hal yang diteliti. FilsafatJawa membahas sangkan paran ing dumadi ( awal dan akhir kehidupandikembalikan kepada Allah SWT ), dan manunggaling kawula ing Gusti( manusia menyembah hanya kepada Allah ). Mrapen Abadhi membahas ApiMrapen Abadhi, Batu Bobot dan Sendhang Dhudha. Kota Grobogan membahasletak geografis, jumlah penduduk dan yang lainnya.
Penelitian ini menggunakan metode penelitian kualitatif. Penelitiankuaitatif yaitu rancangan penelitian yang menghasilkan data diskriptif yangberupa data tetulis dan lisan dari orang yang diteliti. Tempat penelitian di DusunMlatih, Desa Manggarmas, Kecamatan Godhong, Kabupaten Grobogan. Wujudpenelitian berupa penelitian kualitatif diskriptif. Jenis penelitian berupa penelitianlapangan yang didukung dengan buku. Sumber data dari data lisan dan datatulisan. Data yang diperoleh dari keterangan wawancara dari juru kunci,masyarakat terdekat di Mrapen Abadhi, tokoh agama dan yang lainnya. Teknikpengumpulan data berupa observasi, wawancara, dan kapustakan. Teknik analisisdata penelitian yang digunakan dengan cara diskriptif, klasifikasi, evaluasi danmengambil kesimpulan.
Hasilnya masyarakat ada yang percaya dan tidak percaya di MrapenAbadhi. Masyarakat yang percaya Mrapen Abadhi sebagai barang keramat, kalaumempunyai keinginan maka akan terwujud. Masyarakat yang tidak percaya diMrapen Abadhi semua yang diharapakan manusia memintanya hanya kepadaAllah SWT. Keadaan di Mrapen Abadhi kalau dipikir secara dalam sekali ada apadi Mrapen Abadhi tersebut. Semua kepercayaan para masyarakat harus dikembalikan kepada Allah SWT. Masyarakat berpikir seperti itu termasuk manusia
x
yang bijaksana. Manusia harus ingat dan meminta apapun yang diharapkan hanyakepada Allah SWT.
Saran penelitian tersebut untuk peneliti supaya dapat mengetahui secaralangsung keadaan yang menjadi kepercayaan di Mrapen Abadhi karena penelitihanya mendapat informasi dari masyarakat. Masyarakat jawa dalam melakukanupacara ritual di Mrapen Abadhi apabila meminta sesuatu hanya kepada AllahSWT. Kebudayaan Jawa di Mrapen Abadhi supaya dapat dijaga dan dilestarikan.
xi
RACIKAN ISI
IRAH – IRAHAN ................................................................................... i
PASARUJUKAN.................................................................................... ii
PENGESAHAN ...................................................................................... iii
SESANTI SAHA PISUNGSUNG .......................................................... iv
ATUR CECALA..................................................................................... v
SARI PATHI........................................................................................... vii
ABSTRAK ............................................................................................. ix
RACIKAN ISI......................................................................................... xi
DAFTAR LAMPIRAN...........................................................................xiii
BAB I PURWAKA
A. Landhesan Pamilihing Irah – irahan ..................................... 1
B. Momotaning Prakawis .......................................................... 4
C. Ancasing Panaliten................................................................ 5
D. Mumpangating Panaliten ...................................................... 5
E. Panandhesing Panaliten......................................................... 6
F. Tata Rakiting Panaliten ......................................................... 8
BAB II LANDHESAN TEORI
A. Filsafat ................................................................................. 10
B. Filsafat Jawi .......................................................................... 17
C. Mrapen Abadhi ing Kitha Grobogan..................................... 23
xii
D. Kitha Grobogan..................................................................... 26
BAB III METHODOLOGI PANALITEN
A. Methodologi Panaliten .......................................................... 28
B. Papan Panaliten ..................................................................... 29
C. Wujud saha Jinising Panaliten .............................................. 29
D. Sumber Dhata ....................................................................... 30
E. Dhata ..................................................................................... 31
F. Teknik Pangempalan Dhata .................................................. 31
G. Teknik Analisis Dhata........................................................... 33
BAB IV PIREMBAG
A. Asal – usul Mrapen Abadhi ing Kitha Grobogan .................35
B. Patilasan Sunan Kalijaga Mrapen Abadhi
ing Kitha Grobogan............................................................... 46
C. Kapitadosan Mrapen Abadhi ing Kitha Grobogan................ 55
D. Filosofi Mrapen Abadhi Katilik Saking Dhasar Agami....... 62
E. Filosofi Mrapen Abadhi Tumrap Bebrayan Jawi................. 70
BAB V PANUTUP
A. Dudutan ................................................................................. 84
B. Pamrayogi ............................................................................. 85
KAPUSTAKAN
LAMPIRAN
xiii
DAFTAR LAMPIRAN
1. Daftar Pitakenan Wawan Rembag
2. Daftar Tiyang Ingkang Dipunsuwuni Katrangan
3. Daftar Asiling Wawan Rembag
4. Foto Mrapen Abadhi
5. Peta Grobogan
6. Papan Mrapen Abadhi
1
BAB 1
PAMBUKA
A. Landhesan Pamilihing Irah - irahan
Kawontenan ing donya punika mawarni – warni. Ingkang ndadosaken
kiyat anggenipun mernani donya punika wonten kalih inggih punika agami
kaliyan filsafat. Tuladhanipun agami inggih punika manungsa ingkang wantun
seda amargi agami ingkang dipunenut. Manungsa ngorbanaken bandha, tenaga
saha nyawa punika kangge agami ingkang dipunenut. Menawi filsafat
tuladhanipun filsuf Socrates ing jaman rumiyin ingkang wantun ngunjuk racun
minangka wewaton piyambakipun amargi kiyat kapitadosan keleresanipun filsafat
ingkang dipunanggep panjenenganipun leres ( Tafsir, 2005 : 7 ).
Agami punika sampun dipunenut kathah bebrayan Jawi. Kejawi punika
filsafat utawi filosofi boten uwal saking prakawis ingkang dipunadhepi manungsa
ing pagesangan saben dinten. Upaya manungsa maringi panyaruwe babagan
prakawis punika, mliginipun ingkang asipat wewenang saha menggalih kanthi
lebet sanget pramila medalaken konsep – konsep menggalih ingkang dipunsebat
falsafah ( Daradjat, 2001 : 99 ).
Miturut ( Surajiyo, 2005 : 4 ) ngandharaken pangertosan filsafat inggih
punika kempalan sedaya kawruh ingkang naliti sedaya prakawis ingkang wonten
saha ngginakaken penggalih manungsa dumugi pangertosanipun ingkang leres.
Salah satunggaling kawontenan ing donya ingkang gegayutan kaliyan
penggalihipun manungsa inggih punika kabudayan Jawi, mliginipun Mrapen
2
Abadhi ing kitha Grobogan. Mrapen Abadhi utawi Latu Abadhi minangka obyek
wisata ing Dhusun Mlatih, Desa Manggarmas, Kecamatan Godong, Kabupaten
Grobogan. Miturut cariyos bebrayan Jawi Mrapen Abadhi inggih punika patilasan
Sunan Kalijaga, antawisipun patilasan ingkang taksih wonten Sela Bobot saha
Sendhang Dhudha.
Miturut Ibu Mutakiyah ngandharaken bilih asal usulipun Latu Mrapen
Abadhi nalika Sunan Kalijaga nujrepaken tombakipun ing siti medal latu.
Salajengipun nujrepaken tombakipun medal toya. Latu saha toya punika
dipunginakaken kangge ngolah tetedhahan. Jaman rumiyin Empu Supo
ngginakaken latu kangge ngobong pusaka. Sela bobot kangge tatag pusaka saha
toyanipun kangge nyepuh ( nyelup ) pusaka. Mrapen Abadhi minangka papan
kangge damel pusaka kraton Demak.
Miturut Ibu Mutakiyah bilih kapitadosan bebrayan Jawi babagan latunipun
Mrapen Abadhi inggih punika kangge damel restaurant ingkang kawitan. Upacara
mendhet latu punika dipunginakaken kangge olah - olah supados latu ingkang
dipunpundhut saged barokah. Pramila upaya ingkang dipuntindakaken payu saha
kasil. Sanesipun kapitadosan bebrayan Jawi miturut Ibu Ribudiyati bilih latu
Mrapen Abadhi punika dipunginakaken kangge upacara ritual umat Buddha.
Sela bobot asal usulipun minangka umpak utawi cagak ing kraton
Majapahit. Jaman rumiyin sela bobot dipunginakaken Empu Supo kangge tatag
pusaka. Bobotipun sela bobot kirang langkungipun 20 Kg. Sela bobot anggadhahi
kapitadosan bebrayan Jawi kangge ngramal nasib. Menawi ngangkat sela kasebat
enteng, pramila prakawis ingkang dipunpikajengaken saged kagayuh. Kosok
3
wangsulipun menawi ngangkat selanipun awrat sanget, pramila prakawis ingkang
dipunpikajengaken boten kagayuh. Tata caranipun badhe ngangkat sela bobot
inggih punika nyuwun ijin juru kunci, anggadhahi ancas ingkang mligi
salajengipun nyebar sekar antawisipun mawar, kenanga saha cempaka. Tata
caranipun tumrap tiyang jaler punika lenggah sila, menawi estri samparan kalih
dipuntumpuk kanthi dedonga ingkang dipunpikajengaken salajengipun pasrah
dhumateng Gusti Allah ( Rubiatno, tanpa taun : 12 ).
Mirutut Ibu Titin kapitadosan bebrayan Jawi babagan sela bobot bilih
tiyang ingkang saged ngangkat sela bobot punika saged sugih, ngobati sesakit
kulit saha saged nyuwun jodho ingkang ayu.
Sendhang dhudha toyanipun werni semu jene saha ketingal umup
ananging boten benter. Jaman rumiyin dipunginakaken Empu Supo kangge
nyepuh (nyelup ) pusaka. Kapitadosan bebrayan Jawi bilih toyanipun punika
saged ngicali sesakit kulit amargi ngandhut welirang.
Miturut Ibu Mutakiyah bilih toya sendhang dhudha punika kangge ngobati
sakit kulit ( toyanipun dipunagem kangge siram ), ngobati sakit jantung, campuran
kangge nyemprot taneman, saha tiyang ingkang gadhah ingon – ingon kewan
kangge ngresiki kandhang. Prastawa ingkang nate buktiaken mendhet toya saged
nyobati sesakit kulit inggih punika tiyang asli kitha Cilacap saha Godong ingkang
ical akalipun. Tiyang kasebat telaten mendhet toya sendhang dhudha pramila sakit
punika waras. Miturut Ibu Ribudiyati ngandharaken bilih toya sendhang dhudha
punika ugi saged ngobati sakit lumpuh.
4
Kapitadosan ing Mrapen Abadhi punika boten saged dipunnalar menawi
dipunpenggalih. Miturut ( Danandjaja 2007 : 4 ) ngandharaken bilih folklor asipat
pralogis. Tegesipun pralogis inggih punika pribadhi piyambakipun menggalih
boten sami kaliyan penggalihipun tiyang ingkang limrah.
Kapitadosan bebrayan Jawi punika kedah dipunpenggalih malih ingkang
sampun dados kapitadosan tiyang kathah. Manungsa punika wonten ingkang
nyiptakaken, semanten ugi Mrapen Abadhi punika wonten ingkang nyiptakaken.
Sedaya ingkang nyiptakaken kawontenan ing donya inggih punika Gusti Allah.
Manungsa menawi badhe nyeyuwun napa kemawon dhumateng Gusti Allah.
Pramila panaliten punika kanthi irah – irahan “ Filosofi Mrapen Abadhi
ing kitha Grobogan tumrap Bebrayan Jawi ” dipunandharaken bilih manungsa
kedah menggalih kanthi lebet sanget kawontenan punapa ingkang kados mekaten
babagan Mrapen Abadhi. Manungsa kedah emut dhumateng Gusti Allah ingkang
sampun nyiptakaken ing donya. Pramila menawi sampun emut dhumateng Gusti
Allah, manungsa anggadhahi cepengan gegebengan gesang ing pagesangan.
Gegayutan punika manungsa gadhah gegebengan gesang menawi menggalih
kawontenan ing Mrapen Abadhi kitha Grobogan.
B. Momotaning Prakawis
Prakawis ingkang dipunrembag ing skripsi inggih punika.
1. Kados pundi asal – usulipun Mrapen Abadhi ing kitha Grobogan ?
2. Punapa kemawon patilasan Sunan Kalijaga ing Mrapen Abadhi kitha
Grobogan?
5
3. Kados pundi kapitadosan bebrayan Jawi dhateng patilasan Sunan Kalijaga ing
Mrapen Abadhi kitha Grobogan?
4. Kados pundi ajining filosofi katilik saking dhasar agami saha tumrap bebrayan
Jawi ingkang kakandhut ing Mrapen Abadhi kitha Grobogan?
C. Ancasing Panaliten
Ancasing panaliten inggih punika.
1. Ngandharaken asal usulipun Mrapen Abadhi ing kitha Grobogan.
2. Ngandharaken patilasan Sunan Kalijaga ing Mrapen Abadhi kitha Grobogan.
3. Ngandharaken kapitadosan bebrayan Jawi dhateng patilasan Sunan Kalijaga
ing Mrapen Abadhi kitha Grobogan.
4. Ngandharaken ajining filosofi katilik saking dhasar agami saha tumrap
bebrayan Jawi ingkang kakandhut ing Mrapen Abadhi kitha Grobogan.
D. Mumpangating Panaliten
Mumpangating panaliten punika wonten kalih inggih punika kanthi teoritis
saha praktis.
1. Teoritis
Mumpangating teoritis panaliten kasebat inggih punika.
a. Mimbuhi kawruh babagan kabudayan Jawi mliginipun filosofi ing Mrapen
Abadhi kitha Grobogan.
6
b. Mimbuhi kawruh sinten kemawon babagan filosofi Mrapen Abadhi ing
Dhusun Mlatih, Desa Manggarmas, Kecamatan Godong, Kabupaten
Grobogan.
c. Mimbuhi kapustakan babagan kabudayan Jawi, mliginipun filosofi Jawi.
2. Praktis
Mumpangating praktis panaliten kasebat inggih punika.
a. Mimbuhi kawruh kabudayan Jawi babagan filosofi Mrapen Abadhi tumrap
bebrayan Jawi.
b. Mimbuhi kawruh kagem mahasiswa saha dosen ing kuliyah, mliginipun
jurusan sastra lan basa jawi.
E. Panandhesing Tembung
Amrih boten nuwuhaken beda pangertosan, pramila dipunaturaken
panandhesing tembung kados ing ngandhap punika.
1. Filosofi
Tembung filosofi utawi filsafat sami kaliyan tembung philosophie
( German, Belanda, Prancis ), philosophy ( Inggris ), philosophia (Latin ), falsafah
( Arab) ( Sudarsono, 2001 : 10 ).
Miturut Rene Descartes ( salebeting Sudarsono, 2001 : 11) ngandharaken
bilih filsafat inggih punika kempalan sedaya kawruh ingkang ngrembag babagan
Gusti, alam, manungsa ingkang baken dipuntaliti.
7
Miturut Poedjawijatna ( salebeting Tafsir, 2005 : 10 ) ngandharaken
filsafat inggih punika salah satunggaling kawruh ingkang upaya madosi musabab
ingkang lebet sanget tumrap sedaya prakawis andhedasar penggalihipun.
Miturut Harol H. Titus ( salebeting Daradjat, 2001 : 70 ) ngandharaken
filsafat inggih punika salah satunggaling sikap babagan gesang saha pagesangan
ing donya.
Miturut Zotmulder ( salebeting Ciptaprawira, 1986 : 14 ) ngandharaken
bilih kawruh filsafat minangka pirantos kangge nggayuh kasampurnan. Saged
dipunrumusaken ing Jawi bilih filsafat inggih punika remen kasampurnan ( the
love of protection ) ingkang ngginakaken analogi philosophia Yunani. Dados
filsafat jawi inggih punika ngudi kawicaksanan.
Dados filosofi inggih punika salah satunggaling sikap ngudi kawicaksanan
babagan pagesangan kanthi cara menggalih ingkang lebet sanget supados saged
kaandharaken keleresan ingkang sejatosipun.
2. Mrapen Abadhi
Tegesipun tembung mrapen sami kaliyan tembung prapen. Tembung
mrapen asalipun pikantuk ater – ater mara saha api ingkang anggadhahi teges
berapi. Tembung mara saha api luluh dados mrapi salajengipun dados tembung
mrapen. Tembung prapen pikantuk ater – ater m- ingkang anggadhahi teges
perapian.
Kawastanan Abadhi boten anggadhahi teges mrapen punika boten saged
pejah, ananging mrapen ( latu ) kasebat ugi saged pejah. Menawi badhe
ngedalaken latu malih namung ngagem rek, samangke latunipun saged medal
8
malih. Pramila Mrapen Abadhi punika dipunlestantuaken utawi dipunjagi dumugi
sapunika ( Rubiatno, tanpa taun : 7 ).
3. Kitha Grobogan
Obyek wisata punika caket kaliyan radinan Purwodadi – Semarang kirang
langkung 200 m. Tebihipun radinan Semarang – Purwodadi kirang langkungipun
26 Km saking kitha Purwodadi. Papanipun wonten Dhusun Mlatih, Desa
Manggarmas, Kecamatan Godong, Kabupaten Grobogan.
4. Bebrayan Jawi
Tegesipun bebrayan Jawi inggih punika tiyang ingkang makempal ing
tanah Jawi saha taksih anggadhahi kapitadosan kabudayan Jawi, sae ing pulo Jawi
utawi boten. Limrahipun ing bebrayan Jawi taksih ngginakaken kapitadosan ing
pagesangan. Tuladhanipun : mitoni, tedhak sinten, saha sapanunggalanipun.
Saking kapitadosan punika bebrayan Jawi taksih nguri – uri kabudayanipun.
F. Tata Rakiting Panaliten
Tata rakiting panyeratan skripsi kaperang dados tiga inggih punika
kawitan, isi saha pungkasan skripsi.
Perangan kawitan skripsi inggih punika irah – irahan, pasarujukan dosen
pambimbing, pengesahan, sesanti saha pisungsung, atur cecala, sari pathi, abstrak,
racikan isi, saha daftar lampiran.
Perangan isi skripsi inggih punika purwaka, landhesan teori, methodologi
panaliten, pirembag, saha panutup.
9
BAB I Purwaka ingkang nyakupi babagan landhesan pamilihing irah –
irahan, momotaning prakawis, ancasing panaliten, mumpangating panaliten,
panandhesing tembung, saha tata rakiting panaliten.
BAB II Landhesan Teori ingkang nyakupi babagan filsafat, filsafat jawi,
Mrapen Abadhi ing kitha Grobogan saha kitha Grobogan.
BAB III Metodhologi Panaliten ingkang nyakupi babagan metodhologi
panaliten, papan panaliten, wujud saha jinising panaliten, sumber dhata, dhata,
teknik pangempalan dhata saha teknik analisis dhata.
BAB IV Pirembag ingkang nyakupi babagan asal usul Mrapen Abadhi ing
kitha Grobogan, patilasan Sunan Kalijaga ing Mrapen Abadhi kitha Grobogan,
kapitadosan Mrapen Abadhi ing kitha Grobogan, ajining filosofi katilik saking
dhasar agami ing Mrapen Abadhi kitha Grobogan saha ajining filosofi Mrapen
Abadhi kitha Grobogan tumrap bebrayan Jawi.
BAB V Panutup ingkang nyakupi babagan dudutan saha pamrayogi.
Perangan pungkasan inggih punika kapustakan.
10
BAB II
LANDHESAN TEORI
A. Filsafat
1. Tegesipun Filsafat
Tetembungan filsafat saking basa Yunani “philosophia” ngrembakaning
basa sanes inggih punika philosohie ( Jerman, Belanda, saha Prancis), philosophy
( Inggris), philosophia ( Latin), saha falsafah ( Arab) ( Sudarsono, 2001: 10).
Asal usulipun tembung filsafat saking tembung Yunani “philosophia”.
Tetembungan philosophia saking tembung philein saha sophos sarta philos saha
sophia. Tembung philein tegesipun remen, tembung sophos tegesipun wicaksana.
Tegesipun tembung kasebat inggih punika remen prakawis ingkang asipat
wicaksana. Wicaksana minangka tembung sifat. Dados tembung philein saha
sophos anggadhahi teges sifat manungsa ingkang upaya dados tiyang ingkang
wicaksana. Tetembungan sanes inggih punika tembung philos saha sophia.
Tembung philos tegesipun kanca, tembung shopia tegesipun kawicaksanan.
Tegesipun tembung kasebat inggih punika kanca kawicaksanan. Kawicaksanan
minangka tembung aran. Dados tembung philos saha sophia anggadhahi teges
manungsa nindakaken wicaksana ( Mudhofir, 2001 : 277).
Miturut para filsuf ( salebeting Sudarsono, 2001 : 11). Filsuf inggih punika
tiyang ingkang remen kawiksanan utawi berfilsafat, antawisipun pamanggihipun
inggih punika.
11
a. Plato
Filsafat inggih punika kawruh ingkang nggadhahi gegayuhan ingkang leres.
b Aristoteles
Filsafat inggih punika kawruh antawisipun ngandhut kawruh ilmu – ilmu
metafisika, logika, retorika, etika, ekonomi, politik saha estetika.
c. Al Farabi
Filsafat inggih punika kawruh ingkang gegayutan kaliyan alam, awujud kados
pundi pangertosan ingkang sejatosipun.
d. Rene Descartes
Filsafat inggih punika kempalan sedaya kawruh ingkang gegayutan kaliyan
Gusti, alam saha manungsa ingkang baken diputaliti.
e. Phytagoras
Filsafat minangka the love for wisdom. Tegesipun inggih punika manungsa
ingkang inggil sanget ajinipun punika manungsa ingkang remen kawicaksanan,
menawi tembung “wisdom” tegesipun ening dhumateng ngarsanipun Gusti.
f. Immanuel Kant
Filsafat inggih punika kawruh ingkang dados underaning sedaya kawruh
ingkang lebetipun ngandhut prakawis epistimologi ( filsafat kawruh ), ingkang
mangsuli pitakenan punapa ingkang saged kita mangertosi. Prakawis solah bawa
ingkang mangsuli pitakenan punapa ingkang kedah kita tindakaken. Prakawis
agami ingkang mangsuli pitakenan pikajengan saha prakawis manungsa.
12
g. Langeveld
Filsafat inggih punika menggalih babagan prakawis ingkang pungkasan saha
nemtokaken. Prakawis kasebat antawisipun babagan makna kawontenan Gusti
ingkang abadhi.
h. Hasbullah Bakry
Filsafat inggih punika kawruh ingkang ngandharaken prakawis ingkang lebet
sanget babagan agami, alam saha manungsa. Pramila saged ngasilaken kawruh
babagan kados pundi pangertosan ingkang saged dipungayuh akal manungsa saha
kados pundi sikap manungsa nalika sederengipun nggayuh kawruh kasebat.
Miturut Kamus Istilah Filsafat ( Mudhofir, 2001 : 277), ngandharaken
bilih filsafat inggih punika.
a. Upaya kanthi spekulatif kangge maringi gegebengan gesang ingkang runtut
saha jangkep ing babagan kasunyatan.
b. Upaya kangge nyariosaken sifat dhasar ingkang lebet sanget saha kasunyatan.
c. Upaya kangge nemtokaken wates saha babagan kawruh ingkang ngrembag
sumber, sifat, validitas, saha ajinipun.
d. Kawruh ingkang nyobi kangge biyantu manungsa “mirsani” menapa ingkang
dipunwicantenaken punapa ingkang manungsa pirsani.
Miturut Poerdjawijatna ( salebeting Tafsir, 1974 : 10) filsafat inggih
punika salah satunggaling kawruh ingkang nindakaken madosi ingkang musababi
prakawis ingkang lebet sanget tumrap sedayanipun andhedasar penggalih.
Dados pangertosan filsafat inggih punika kasiling penggalihipun
manungsa ingkang maringi panyaruwe kanthi lebet sanget, madosi pangertosan
13
keleresan, saha sedayanipun kangge gegebengan gesang kanthi runtut pramila
kaandharaken ajining obyek ingkang dipuntaliti.
2. Prinsip Filsafat
Prinsip filsafat inggih punika kawruh ingkang naliti saha menggalih
sedaya prakawis kanthi lebet sanget, tenanan, saha trengginas pramila saged
nggayuh penggalih sedaya kawontenan kasebat ( Sudarsono, 2001:12 ).
3. Menggalih kanthi kefilsafatan
Miturut Kamus Istilah Filsafat ( Mudhofir, 2001: 278 – 278 ) berfilsafat
inggih punika menggalih, ananging menggalih punika dereng tamtu belfilsafat.
Menggalih ingkang dipunwastani berfilsafat menawi wonten syarat – syaratipun
antawisipun,
a. Berfilsafat inggih punika menggalih kanthi trengginas. Trengginas (radikal)
asalipun saking basa Yunani radix ingkang anggadhahi teges lebet sanget.
Menggalih trengginas inggih punika menggalih kanthi lebet sanget dumugi
pangertosan, saha ajining ingkang dipunpenggalih. Kanthi berfilsafat
manungsa ngginakaken akal kangge pados kawruh pangertosanipun, inggih
punika sifat tetep saha boten ewah menawi dipunpirsani.
b. Berfilsafat inggih punika kanthi limrah. Menggalih kanthi limrah inggih punika
menggalih prakawis saha proses ingkang asipat limrah.
c. Berfilsafat inggih punika menggalih kanthi konseptual. Konseptual inggih
punika asil saking pengalaman langsung babagan prakawis sarta proses –
14
proses piyambakipun. Berfilsafat boten menggalih manungsa kanthi mligi,
tamtu menggalih manungsa kanthi limrah.
d. Berfilsafat inggih punika menggalih kanthi gegayutan. Tegesipun gegayutan
inggih punika menggalih kanthi nalar.
e. Berfilsafat inggih punika menggalih kanthi tetep. Tegesipun tetep inggih
punika boten ngandhut prakawis ingkang maringi wangsulan ingkang boten
saged dipunnalar.
f. Berfilsafat inggih punika menggalih kanthi runtut. Tegesipun menggalih kanthi
runtut inggih punika prakawis ingkang gegayutan saha anggadhahi ancas
tartamtu.
g. Berfilsafat inggih punika kanthi cara komprehensif. Tegesipun menggalih
kanthi komprehensif inggih punika ngrembag sedayanipun.
h. Berfilsafat inggih punika menggalih kanthi mardika. Tegesipun mardika inggih
punika mardikanipun ingkang disiplin, menggalihipun boten sembarangan
ananging menggalih kanthi gegayutan. Gegayutan ing mriki inggih punika
asalipun saking tiyang manungsa.
i. Berfilsafat inggih punika menggalih kanthi tanggel jawab. Tegesipun tanggel
jawab inggih punika tanggel jawab ing penggalihipun piyambak.
15
4. Tandha saha sifat prakawis filsafat
Miturut ( Sudarsono, 2008 : 5 – 6) ciri saha sifat filsafat inggih punika.
a. Gegayutan kaliyan aji ( nilai). Pitakenan – pitakenan filsafat gegayutan
kaliyan aji. Filsafat punika boten ngrembag bukti nyata ananging nggayuh
kawicaksanan.
b. Pitakenan filsafat asipat kritis. Tugasipun para filsuf inggih punika ngrembag
saha saged maringi aji, makna saha nindakaken.
c. Pitakenan filsafat asipat spikulatif. Pitakenan – pitakenan para filsuf rumaos
mangertos kedadosan samangke.
d. Pitakenan filsafat asipat sinoptik. Para filsuf punika nyarengaken pemanggih
dados setunggal saking prakawis tertamtu.
5. Perangan Filsafat
Perangan filsafat inggih punika logika, metafisika, epistimologi,
metodhologi, etika, estetika, filsafat antropologi, filsafat biologi, filsafat agami,
filsafat sosiologi, filsafat teoritis, filsafat praktis, dialektika, fisika, matematika,
sejarah filsafat ( Sudarsono, 2008 : 9 ).
Miturut ( Surajiyo, 2005 : 20 ) ngandharaken bilih filsafat ingkang utami
inggih punika.
a. Prakawis kawontenan punika filsafat metafisika.
b. Prakawis kawruh punika filsafat epistimology.
16
c. Prakawis aji. Aji punika kaperang dados kalih inggih punika solah bawa saha
kaendahan. Solah bawa inggih punika gegayutan kaliyan filsafat etika,
menawi kaendahan punika filsafat estetika.
Miturut ( Tafsir, 2007 : 69 ) ngandharaken bilih filsafat punika kaperang
dados tiga inggih punika.
a. Ontologi ingkang ngrembag hakekat prakawis tertamtu.
b. Epistimologi ingkang ngrembag kados pundi pikantuk kawruh.
c. Aksiologi punika ngrembag ginanipun kawruh.
6. Mumpangat Filsafat
Mumpangat filsafat inggih punika wonten sekawan inggih punika
menggalih kanthi kritis, supados mahami filsafat, supados dados filosofis, saha
dados warga negara ingkang sae ( Tafsir, 2006 : 89 ).
Miturut ( Tafsir, 2006 : 89 ) ngandharaken mumpangating filsafat punika
wonten tiga inggih punika.
a. Kempalaning teori
Filsafat minangka teori filsafat ingkang kedah dipunsinaoni dhumateng tiyang
ingkang mucal babagan filsafat.
b. Kangge ngrampungaken prakawis
Filsafat minangka kangge mangsuli prakawis kanthi lebet sanget saha limrah.
17
c. Gegebengan gesang
Filsafat minangka gegebengan gesang kaliyan agami ing prakawis ingkang
sami ndayani solah bawa saha nindakaken. Agami punika saking Gusti menawi
filsafat saking penggalihipun manungsa.
B. Filsafat Jawi
1. Tegesipun Filsafat Jawi
Miturut Zotmulder ( salebeting Ciptaprawira, 1986 : 14 ) ngandharaken
bilih kawruh filsafat minangka pirantos kangge nggayuh kasampurnan. Saged
dipunrumusaken ing Jawi bilih filsafat inggih punika remen kasampurnan ( the
love of protection ) ingkang ngginakaken analogi philosophia Yunani. Dados
filsafat Jawi inggih punika ngudi kawicaksanan.
Miturut Russel ( salebeting Purwadi, 2009 : 2 ), filsafat inggih punika
kawruh ingkang lumampah pandadaran ingkang saestu dhateng dhasar-dhasar
mendhet kasiling penggalih, manahipun tiyang saha kapitadosan. Prakawis
ingkang njalari penggalihinipun filsafat ingkang asipat lebet sanget, maringi
wangsulan ingkang sampurna saha madosi pangertosan keleresan kanthi
menggalih pinten-pinten ener ( arah ).
Dados filsafat jawi inggih punika ngudi kasampurnan ingkang
dipunpenggalih kanthi lebet sanget, maringi wangsulan saha pangertosan
keleresan ing pagesangan.
18
2. Filsuf Jawi
Miturut Dictionnaire des Philosophes ( salebeting Ciptaprawira, 1986 :
33), filsuf ing Indonesia kawitan Abad XI inggih punika Sutan Takdir
Alisyahbana, Driyarkara, Ki Hajar Dewantara, HAMKA, Soemantri
Hardjoprakoso, Mpu Kanwa, Mangku Negara IV, Notonagoro, Mohammad
Natsir, Paku Buwana IV, Rangga Warsito, H. Agus Salim, Soekarno, Mpu
Tantular, saha Yasadipura.
Miturut ( Ciptoprawira 1986 : 33 ) ngandharaken 6 tokoh filsuf saking
budaya saha sastra jawa inggih punika.
a. Mpu Kanwa : Arjuna Wiwaha ( abad XI ), jaman Raja Airlangga.
b. Mpu Tantular : Sutasoma ( abad XIV ), jaman Raja Hayam Wuruk.
c. Yasadipura I ( 1729-1801 ), Dewi Ruci.
d. Paku Buwana IV ( 1789-1820), Wulangreh.
e. Ranggawarsita ( 1802-1873 ), Serat Wirid Hidayat Jati.
f. Mangku Negara IV(1809-1881), Wedhatama.
Miturut ( Ciptaprawira 1986 : 34 ) ngandharaken bilih filsafat jawi punika
dipunserat para filsuf arupi cariyos, syair ingkang dipunlandhesi ngginakaken
kawasisan cipta-rasa-karsa awujud penggalih filsuf jawi antawisipun.
a. Cariyos- syair jawa asipat lakon
- Kakawin : Arjuna wiwaha, Sutasoma - Macapat : Dewi Ruci
b. Syair ingkang uwosipun solah bawa saha gegebengan gesang
- Wedhatama saha Wulangreh
c. Prosa : Serat Wirid Hidayat Jati
19
Miturut http : //namanarina.blogspot.com// piwulangan filsafat jawi
ingkang sanes inggih punika.
a. Jer basuki mawa beya
Tegesipun kasilipun manungsa punika pikantuk saking upaya piyambakipun.
b. Ajining dhiri dumunung ing medalipun lathi
Tegesipun ajining manungsa gumantung lathinipun ( wicantenan sae punapa
awon ).
c. Ajining sarira dumunung ing busana
Tegesipun ajining pribadhi manungsa gumantung rasukanipun.
d. Budidayanipun manungsa boten saged ngungkuli garisipun sing kuwasa
Tegesipun budidayanipun manungsa boten saged nguwaosi ingkang
dipuntamtuaken dhumateng Gusti Allah.
Miturut http : //rizal – pemalu.blog.friendster.com// ngandharaken bilih
piwulangan filsafat jawi inggih punika.
a. Mikul dhuwur mendhem jero
Tegesipun manungsa ingkang tansah tanggel jawab dhumateng kulawarga, jagi
nami kulawarga utawi tiyang sepuhipun.
b. Kacang ninggal lanjaran
Tegesipun watak, solah bawa lare punika limrahipun sami kaliyan solah bawa
tiyang sepuhipun.
c. Kaya mimi lan mintuna
Tegesipun manungsa rukun kanthi lelandhesan katresnan.
20
3. Perangan Filsafat Jawi
a. Metafisika
Miturut ( Ciptaprawira 1986 : 22 ) ngandharaken bilih menggalih filsafat
saking manungsa saha donya ingkang nyata punika saged dipunpirsani kaliyan
paninggal. Ingkang kedah dipunpenggalih inggih punika saking pundi, badhe ing
pundi manungsa saha donya kasebat. Tetembungan kasebat dipunwastani sangkan
paraning dumadi.
Filsafat Jawi anggadhahi dudutan bilih Gusti Allah minangka sangkan
paraning dumadi inggih punika manungsa punika kawitan saking Gusti Allah saha
pungkasan punika dipunwangsulaken dhumateng Gusti Allah.
b. Epistimologi
Epistimologi inggih punika nyinaoni babagan kawruh. Miturut ( Cipta
Prawira 1986 : 24 ) ngandharaken bilih filsafat jawi saged ngginakaken cipta-rasa-
karsa ( menggalih – raos - nindakaken) ingkang lumantar kemutan inggih punika.
1). Kemutan kula punika sinten.
2). Kemutan ening : manunggal salebeting cipta – rasa - karsa.
3). Kemutan piyambakipun : manunggal piyambakipun ( pribadhi ).
4). Kemutan Gusti : manunggal kula – piyambakipun ( pribadhi ) – sukma
kawekas.
Tuladhanipun ngginakaken cipta-rasa-karsa inggih punika basa jawi. Basa
Jawi punika wonten ngoko, krama saha krama inggil.
21
c. Axiologi
1) Estetika ( kaendahan)
Miturut ( Ciptaprawira 1986: 26 ) ngandharaken bilih kaendahan punika
pangejawantahan ( kawruh ) ingkang kasunyatan, pramila kaendahan
punika satunggal.
2) Etika ( solah bawa )
Miturut ( Ciptaprawira, 1986 : 26 ) ngandharaken bilih solah bawa inggih
punika wonten ingkang sae saha wonten ingkang awon. Solah bawa
ingkang ndayani manungsa punika Gusti Allah. Ing salebeting filsafat
jawi solah bawa manungsa punika gegayutan kaliyan nafsu mutmainah
(solah bawa ingkang sae ), amarah ( duka), lawwamah, supiah.
4. Mistik Kejawen saha Filsafat Jawi
a. Sangkan Paran ing Dumadi
Miturut ( Endraswara, 2006 : 43 ) ngandharaken bilih mistik kejawen
punika upaya menggalih kanthi lebet sanget manungsa Jawi. Pramila mistik
kejawen saged ngaweruhi manungsa menggalih babagan gesang, manungsa,
donya, saha Gusti Allah.
Miturut Zoetmulder ( salebeting Endraswara, 2006 : 43 ) ngandharaken bilih
penggalihipun filosofis bebrayan kilen ( Amerika sapanunggalanipun ) punika
nyinaoni kawruh kanthi cara piyambakipun pribadhi. Menawi menggalihipun
filosofis tiyang jawi punika kanthi cara madosi kasampurnan. Filsafat Jawi
22
ngandharaken solah bawa manungsa kangge madosi ancas pagesangan ingkang
sampurna.
Miturut ( Ciptaprawira, 1986 : 44 – 46 ) ngandharaken bilih filsafat jawi
minangka spiritual kangge madosi tegesipun pagesangan, manungsa, asal usul,
ancas ingkang pungkasan saha gegayutan manungsa dhumateng Gusti Allah.
Madosi kasampurnan pagesangan lumantar ngelmu sangkan paraning dumadi
saha manunggaling kawula ing Gusti.
Ngelmu sangkan paraning dumadi minangka pirantos wonten ing
pagesangan supados manungsa punika slamet. Manungsa ingkang slamet ingkang
saged nggayuh kasampurnan. Kasampurnan pikantuk saking cara ngekang hawa
nafsu antawisipun nindakaken lumantar ritual mistik kejawen.
b. Manunggaling Kawula ing Gusti
Miturut Supandjar ( salebeting Endraswara, 2006 : 46 ) ngandharaken bilih
“ Kawula – Gusti ” minangka ajaran kejawen. Kanthi cara kasebat saged nggayuh
manunggaling kawula ing Gusti.
Miturut Ki Kusumowicitra ( salebeting Endraswara, 2006 : 46 )
ngandharaken bilih manunggaling kawula ing Gusti saged nyiptakaken tentrem
manahipun. Manungsa ngraosaken Gusti Allah lumantar manahipun.
Miturut ( Endraswara, 2006 : 47 ) ngandharaken bilih manunggaling kawula
ing Gusti minangka nindakaken manembah. Manembah inggih punika
nyambetaken manungsa kanthi kemutan, nyaketi, manunggal dhumateng Gusti
Allah.
23
Dados miturut Ranggawarsita ( salebeting Endraswara, 2006 : 47 )
ngandharaken bilih mistik kejawen utawi ritual kasebat minangka manunggaling
kawula ing Gusti, ewondene Gusti Allah wonten ing manahipun manungsa.
C. Mrapen Abadhi ing Kitha Grobogan
Mrapen Abadhi wiyaripun kirang langkung 8600 m2. Papanipun ing
Dhusun Mlatih, Desa Manggarmas, Kecamatan Godong, Kabupaten Grobogan.
Jaman rumiyin juru kunci naminipun Ibu Parminah (almarhumah). Samenika
Mrapen Abadhi dipunjagi dening larenipun Ibu Parminah. Mrapen Abadhi
minangka patilasan Sunan Kalijaga nalika piyambakipun ngasta pusaka saking
kraton Majapahit badhe dipunasta ing Demak ( Rubiatno, tanpa taun : 4 ).
Mirurut ( Rubiatno, tanpa taun : 7 – 12 ) patilasan Sunan Kalijaga inggih
punika.
1. Latu Abadhi ( Api Abadhi)
Latu utawi geni punika kawitaning kedadosan nalika Sunan Kalijaga
nujrepaken tombakipun ing siti. Asal usulipun nalika Sunan Kalijaga mbetahaken
toya kangge ngunjuk, tombak ingkang dipuntujrepaken ing siti punika medal
latunipun. Latu punika salajengipun dipunginakaken dening Empu Supo kangge
ngobong pusaka.
Papanipun latu punika ing sisih kiwa sela bobot. Latu punika
dipuntumpuki sela kapur supados ing wanci siang punika boten bebayani tiyang
ingkang mirsani. Dados wujudipun boten ketingal menawi dipunpirsani. Menawi
24
badhe mangertos latunipun punika saged maringi ron ingkang garing. Pramila latu
punika saged murup.
Latu asalipun saking gas ingkang medal saking siti saha sumberipun
semburan latu punika garis tengahipun kirang langkung 1,5 m. Latu punika saged
murup kados gas elpiji. Gas ingkang medal punika saking pori – pori siti, dados
boten sumberipun. Latu punika saged pejah menawi wonten jawah ingkang deres
sanget. Supados saged ketingal malih latunipun Mrapen Abadhi punika namung
nyumet rek ing inggilipun latu.
2. Sela Bobot
Sela Bobot papanipun wonten ing griya alit, sisih kiwanipun latu ingkang
mirip kaliyan umpak (cagak). Sela kasebat kawastanan “ Sela Bobot ” amargi
selanipun awrat sanget. Sela punika asalipun umpak utawi landhesan cagak
kraton Majapahit ingkang badhe dipunsta dhateng Demak. Bobotipun sela kirang
langkungipun 20 Kg. Bebrayan Jawi anggadhahi kapitadosan bilih sela punika
kangge ngramal nasib. Menawi watu dipunangkat ngraosaken enteng, samangke
pikajengan ingkang dipunsuwun saged kagayuh . Kosok wangsulipun menawi
dipuangkat awrat sanget dados pikajengan ingkang dipunsuwun boten kagayuh.
Kawontenan sela bobot sapunika sampun pecah, pramila selanipun punika
dipuntaleni kaliyan tali ijuk salajengipun dipuntaleni kaliyan tali plastik. Sela
bobot dipunjagi kanthi saestu. Sela bobot wonten ing griya alit saha dipunkunci.
Menawi bebrayan Jawi punika badhe ngawontenaken ritual punika kedah matur
rumiyin ing juru kunci supados sela bobot punika saged dipunbikak.
25
3. Sendhang Dhudha
Sendhang Dhudha punika patilasan Sunan Kalijaga salajengipun
dipunginakaken Empu Supo kangge nyepuh ( nyelup ) pusaka. Wujudipun
sendhang dhuda kados siti ingkang cekung ingkang wonten toyanipun.
Toyanipun werni semu jene saha katingal umup ananging boten benter.
Papanipun kirang langkung 25 m saking sisihipun latu. Lebetipun
sendhang dhudha kirang langkung 1,5 meter. Toyanipun saged umup jalaran
wonten sesambetan kaliyan latu Mrapen Abadhi. Toyanipun punika boten wonten
sumberipun ananging namung gas ing salebeting siti. Menawi ing mangsa
rendheng toyanipun punika kathah, menawi mangsa ketiga toyanipun namung
sekedhik.
Miturut Ibu Mutakiyah kapitadosan bebrayan Jawi wonten ing toyanipun
sendhang dhudha punika saged ngobati sesakit kulit ( toyanipun dipunsiram),
kangge ngobati sakit jantung, campuran petani anggenipun nyemprot taneman,
tiyang ingkang ingon – ingon kewan toyanipun dipunginakaken kangge ngresiki
kandhang, saha kangge ngobati tiyang ingkang ical akalipun.
Miturut Ibu Ribudiyati bilih kapitadosan bebrayan Jawi babagan toyanipun
sendhang dhudha punika kangge ngobati sakit lumpuh saha ngobati sakit kulit.
Sanesipun miturut Ibu Siti Fatonah bilih kapitadosan bebrayan Jawi babagan toya
sendhang dhudha inggih punika kangge ngobati sakit, kangge nindakaken upaya
supados kasil saha petani kangge campuran nyemprot taneman.
26
D. Kitha Grobogan
Kitha Grobogan minangka kitha ingkang strategis. Papanipun ing Provinsi
Jawa Tengah ing sisih wetan. Letak Geografis ing 110° 15’ BT – 111° 25’ BT
saha 7° LS – 7°30’ LS. Wiyaripun wilayah Grobogan 1.975,86 Km2. Ibu kota ing
Purwodadi. Pemerintah Grobogan kaperang dados 19 kecamatan, 273 desa saha 7
kelurahan. Kathahipun bebrayan Jawi 1.404.770 tiyang (http : // grobogan.go.id//
18 mei 2010).
Watesan kitha Grobogan saking sisih wetan kaliyan kitha Blora. Sisih
kidul watesan kaliyan kitha Ngawi, Sragen, Boyolali. Sisih kilen watesan kaliyan
kitha Semarang. Sisih lor watesan kaliyan kitha Demak, Pati, Kudus.
Obyek wisata ing Grobogan kathah sanget, antawisipun obyek wisata
Mrapen Abadhi ing Desa Manggarmas Kecamatan Godong, Sendhang Coyo ing
Desa Mllowo Karang Talun Kecamatan Pulokulon, Pemandian Jati Pohon ing
Kecamatan Grobogan, Waduk Kedung Ombo ing Desa Rambat Kecamatan
Geyer, Air Terjun Widuri Desa Kemadohbantur Kecamatan Tawang Harjo, Goa
Lowo saha Goa Macan ing Desa Sedayu Kecamatan Grobogan, Goa Urang ing
Desa Kemadohbatur Kecamatan Tawangharjo, Bledug Kuwu ing Desa Kuwu
Kecamatan Kradenan, Makam Ki Ageng Selo ing Desa Selo Kecamatan
Tawangharjo, Makam Ki Ageng Tarub ing Desa Tarub Kecamatan Tawangharjo
( Leflet Dinas Pemuda Olahraga, Kebudayaan dan Pariwisata kitha Grobogan ).
Obyek wisata ing Mrapen Abadhi punika saking radinan Purwodadi
– Semarang kirang langkung 26 Km saking kitha Purwodadi. Papanipun ing
Dhusun Mlatih, Desa Manggarmas, Kecamatan Godong, Kabupaten Grobogan.
27
Kitha Grobogan saben dinten Minggu punika kangge papan olahraga,
refreshing saha sapanunggalanipun. Papanipun ing Simpang Lima Purwodadi
saha alun – alun. Limrahipun papanipun kangge dolanan tiyang alit saha
sakulawarga. Tuladhanipun dolanan kereta mini, mandi bola, komedi putar,
ayunan, pancing ikan mainan saha sapanunggalanipun ( http ://www. grobogan.
com// 21 Desember 2009 ).
Ing sapinggiring radinan Grobogan wonten warung kangge dhahar.
Antawisipun dhaharan sekul pecel, rames, pecel lele, ayam bakar, saha dhaharan
sapanunggalanipun. Menawi badhe tumbas tiyang ingkang sadean punika saged
dipunpanggihi ing pinggiring radinan wanci enjing dumugi ndalu. Warung
dhaharan ingkang moncer antawisipun Noroyono, Bu Djoko, Larasati, Bu Kodri,
Pojok Kalegan saha sapanunggalanipun.
Para wisatawan ing kitha Grobogan punika saged tumbas souvenir
ingkang nengsemaken manah. Antawisipun souvenir ingkang dipunsade inggih
punika miniatur mobil, becak, omah - omahan, lampion saha sanesipun. Menawi
badhe ngaso wonten hotel papanipun ing Hotel Griya Laksana, Hotel Harmoni
Indah, Hotel Purwodadi saha sapanunggalanipun.
Bebrayan Jawi ing kitha Grobogan punika anggadhahi potensi ekonomi
ingkang sae. Babrayan Jawi madosi rejeki saking kasil tani, dagang, kebun saha
upaya budidaya ulam. Kathahipun bebrayan Jawi punika kasilipun saking tani.
Pramila pemerintah dhaerah punika sumadya anggenipun biyantu kangge
ngrembakaning sektor ekonomi (http : //www. grobogan. go. id// 18 Mei 2010 ).
28
BAB III
METODHOLOGI PANALITEN
A. Metodhologi Panaliten
Methodologi panaliten prinsipipun babagan papan panaliten, wujud saha
jinising panaliten, sumber dhata saha dhata, teknik pangempalan dhata, teknik
analisis dhata ingkang dipunginakaken. Pinten – pinten unsuripun metodhologi
punika kedah dipunparingi punapa ingkang njalari saha ngandharaken ingkang
gamblang dening panaliti ( Endraswara, 2003 : 204 ).
Metodhologi panaliten punika wonten kalih inggih punika metodhe
panaliten kuantitatif saha panaliten kualitatif. Miturut Kirk saha Miller
( salebeting Moleong, 2008 : 2 ) panaliten kuantitatif salah satunggaling panaliten
andhedasar petungan utawi angka utawi kuantitas.
Miturut Bogdan saha Taylor ( salebeting Moleong, 2008 : 4 ),
ngandharaken bilih panaliten kualitatif inggih punika reroncening panaliten
ingkang ngasilaken dhata deskriptif arupi dhata seratan utawi lisan saking tiyang
ingkang dipuntaliti.
Panaliten punika ngginakaken metodhe panaliten kualitatif amargi
reroncening dhata ingkang dipunkasilaken dhata diskriptif arupi dhata lesan saha
dhata seratan saking tiyang ingkang dipuntaliti. Dhata lesan awujud wawan
rembag kaliyan juru kunci, bebrayan Jawi ingkang caket kaliyan Mrapen Abadhi,
saha tokoh agami. Dhata seratan awujud kapustakan babagan Mrapen Abadhi saha
kapustakan saking Dinas Pariwisata kitha Grobogan.
29
B. Papan Panaliten
Mrapen Abadhi wiyaripun kirang langkung 8.600 m2. Papanipun caket
kaliyan radinan Semarang – Purwodadi kirang langkung 200 m. Tebihipun
radinan Semarang - Purwodadi kirang langkung 26 Km saking kitha Purwodadi.
Mrapen Abadhi papanipun ing Dhusun Mlatih, Desa Manggarmas, Kecamatan
Godong, Kabupaten Grobogan , Propinsi Jawi Tengah. Mrapen Abadhi punika
patilasan Sunan Kalijaga nalika piyambakipun sarombongan ngasta pusaka saking
kraton Majapahit badhe dipunasta dhateng Demak. Papanipun Mrapen jaman
rumiyin dipunjagi kanthi turun temurun. Sapunika dipunjagi dening larenipun Ibu
Parminah (almarhumah).
C. Wujud saha Jinising Panaliten
Miturut Bogdan saha Taylor ( salebeting Moleong, 2008 : 4 )
ngandharaken bilih panaliten kualitatif inggih punika reroncening panaliten
ingkang ngasilaken dhata deskriptif arupi dhata seratan utawi lisan saking tiyang
ingkang diputaliti.
Miturut ( Suryabrata, 2006 : 76 ) ngandharaken bilih panaliten deskriptif
inggih punika panaliten ingkang anggadhahi teges kangge nyariosaken babagan
kawontenan ingkang dipuntaliti.
Panaliten ingkang kalampahan ngginakaken panaliten kualitatif deskriptif .
Panaliten nyariosaken dhata arupi dhata lesan saha seratan salajengipun mundhut
dudutan saking ajining dhata ingkang dipuntaliti.
30
Jinising panaliten punika panaliten lapangan ingkang taksih
dipusengkuyung kapustakan. Dhata panaliten ngemot kasiling wawan rembag,
kapustakan, internet, foto, saha rekaman. Dipunwontenaken panaliten lapangan
amargi panaliti saged mangertos kawontenan panaliten kanthi blaka suta. Saking
penjajagan lapangan panaliti saged mangertos papan panaliten Mrapen Abadhi,
tiyang ingkang dipunsuwuni katrangan saha saged nyuwun priksa kanthi
langsung.
D. Sumber Dhata
Sumber dhata ing salebeting panaliten punika.
1. Lesan
Sumber dhata lesan pikantuk saking katrangan juru kunci Mrapen Abadhi,
bebrayan Jawi ingkang caket kaliyan Mrapen Abadhi, tokoh agami lumantar
wawan rembag. Tiyang ingkang dipunsuwuni katrangan asalipun saking Dhusun
Mlatih, Desa Manggarmas, Kecamatan Godong, Kabupaten Grobogan.
2. Seratan
Sumber dhata ing panaliten punika pikantuk saking buku ingkang asesirah
“ Menyingkap Peninggalan Sunan Kalijaga di Mrapen”, saha buku saking Dinas
Pariwisata kitha Grobogan ingkang asesirah “ Obyek – Obyek Wisata di Kota
Grobogan ”.
31
E. Dhata
Dhata ing salebeting panaliten inggih punika.
1. Dhata lesan pikantuk saking katrangan juru kunci Mrapen Abadhi, bebrayan
Jawi ingkang caket kaliyan Mrapen Abadhi, tokoh agami. Dhata seratan
saking buku ingkang asesirah “Menyingkap Peninggalan Sunan Kalijaga di
Mrapen”, saha buku saking Dinas Pariwisata kitha Grobogan ingkang asesirah
“ Obyek – Obyek Wisata di Kota Grobogan ”.
2. Asal usul Mrapen Abadhi kitha Grobogan.
3. Patilasan Sunan Kalijaga ing Mrapen Abadhi.
4. Kapitadosan bebrayan Jawi ingkang kakandhut ing Mrapen Abadhi.
5. Ajining filosofi mrapen Abadhi saking dhasar agami.
6. Ajining filosofi Mrapen Abadhi tumrap bebrayan Jawi.
F. Teknik Pangempalan Dhata
1. Observasi
Miturut Burn ( salebeting Basrowi saha Suwandi, 2008 : 93),
ngandharaken bilih observasi minangka perangan ingkang wigati sanget ing
panaliten kualitatif. Panaliti saged maringi bukti saha maringi aji kanthi runtut
dhateng solah bawa saha nindakaken subjek panaliten.
Observasi minangka proses ingkang kompleks saking proses biologis saha
psikologis. Proses ingkang wigati inggih punika pengamatan saha pangemutan
( Hadi, 2004 : 152 ).
32
Pengamatan ingkang saged panaliti lampahaken kanthi cara paningal saha
mirengaken. Menawi lumantar pangemutan supados paniliti boten kesupen punika
ngagem cathetan saha rekaman saking tape recorder. Dokumentasi ugi saged
nyengkuyung dhata ingkang gamblang babagan papan panaliten saha tiyang
ingkang dipunsuwuni katrangan.
2. Wawan Rembag
Wawan rembag benten kaliyan wicantenan saben dinten. Wawan rembag
minangka salah satunggaling cara kanthi mundhut dhata ingkang mbetahaken
terampil saha teknik – teknik tertamtu. Ancasipun wawan rembag minangka
a). kangge menggalih dhumateng tiyang ingkang dipunsuwuni katrangan ingkang
awujud kedadosan, raos saha sanesipun ngkang awujud budaya b). Nyariosaken
kedadosan jaman rumiyin c). Kangge ngandharaken proyeksi dhumateng tiyang
ingkang dipunsuwuni katrangan babagan jaman ingkang badhe dhateng
( Endraswara , 2003 : 212).
Wawan rembag inggih punika wicantenan ingkang anggadhahi ancas
tertamtu saking tiyang kalih, inggih punika tiyang ingkang nyuwun pirsa saha
tiyang ingkang dipunsuwuni katrangan ( Basrowi saha Suwandi, 2008 : 12 ).
Wawan rembag punika katindakaken kanthi langsung. Menawi pitakenan
dipuntemtokaken rumiyin dening panaliti. Ananging wawan rembag dipundamel
kanthi sifat informal kados wicantenan ingkang limrah. Ancasipun tiyang ingkang
dipunsuwuni katrangan boten cubriya. Dados wangsulan saking tiyang ingkang
dipunsuwuni katrangan kanthi spontanitas. Amargi wawan rembag kanthi runtut
kaliyan panaliti punika nemtokaken prakawis ingkang dipunandharaken.
33
3. Kapustakan
Kapustakan minangka acuan kangge njangkepi kempalaning dhata. Teknik
kapustakan dipunginakaken amargi ing panaliten punika mundhut referensi saking
pedoman buku.
Kapustakan punika awujud referensi buku ingkang nyengkuyung
kempalaning dhata. Buku ingkang dipunginakaken ing panaliten punika ingkang
asesirah “ Menyingkap Peninggalan Sunan Kalijaga di Mrapen ”, saha buku
saking Dinas Pariwisata kitha Grobogan ingkang asesirah “ Obyek – Obyek
Wisata di Kota Grobogan ”.
G. Teknik Analisis Dhata
Panaliten punika ngginakaken teknik analisis dhata kanthi cara deskriptif,
klasifikasi, evaluasi, saha mundhut dudutan.
Miturut Ian Dey ( salebeting Moleong 2004 : 287 - 296 ) teknik kangge
ngolah dhata punika ngginakaken teknik deskriptif, klasifikasi, evaluasi, saha
dudutan.
1. Deskriptif
Teknik deskriptif inggih punika teknik kangge nyariosaken dhata ingkang
gamblang kawontenan ingkang sampun diputaliti. Dhata ingkang awujud seratan
saha lesan punika dipuncariyosaken pramila dhata kaandharaken kanthi jangkep.
34
2. Klasifikasi
Teknik klasifikasi inggih punika milah – milah dhata saha dipunpundhut
gegayutanipun kaliyan dhata ingkang dipunbetahaken. Dhata ingkang boten
nyengkuyung panaliten punika dipunbucal.
3. Evaluasi
Teknik evaluasi inggih punika dhata ingkang dipunandharaken punapa
ingkang gegayutan kaliyan ancasing panaliten. Saking pinten – pinten dhata dipu
evaluasi supados saged nggayuh kasampurnan saha sasaran panaliten.
4. Dudutan
Kangge nggayuh ancasing panaliten kedah mundhut dudutanipun ing
panaliten. Panaliti maringi dudutan saha ajining panaliten babagan filosofi Mrapen
Abadhi ing kutha Grobogan tumrap bebrayan Jawi.
35
BAB IV
FILOSOFI MRAPEN ABADHI ING KITHA GROBOGAN TUMRAP
BEBRAYAN JAWI
A. Asal – Usul Mrapen Abadhi ing Kitha Grobogan
1. Miturut Sumber Sinerat
a. Miturut ( Rubiatno, tanpa taun : 4 – 6 )
Ing jaman Prabu Brawijaya V, Majapahit ambruk kinten – kinten taun
1478 M. Salah satunggaling ingkang njalari ambrukipun kraton Majapahit amargi
serangan Prabu Girindra Wardhana saking Keling Kediri. Salajengipun Majapahit
saged dipunkuwaosi kraton Demak Bintoro pramila kraton Demak Bintoro
mundhut sedaya barang – barang ingkang badhe dipunasta ing kraton Demak
Bintoro.
Nalika Sunan Kalijaga sarombongan nindakaken lampahan tebih sanget,
pramila dipuntemtokaken ngaso ing Mrapen Abadhi rumiyin. Sunan Kalijaga
sarombongan kathah ingkang sayah, luwe saha ngelak amargi bahan tetedhahan
punika namung barang mentah. Jaman rumiyin ing Mrapen boten wonten toya
saha latu. Sunan Kalijaga saha santrinipun dedonga dhumateng Gusti Allah
supados pikantuk toya saha latu. Sesampunipun purna dedonga Sunan Kalijaga
nujrepaken tombak ing siti. Nalika dipunpundhut tombakipun medal latu saking
siti. Salajengipun mlampah sakwetanipun, Sunan Kalijaga nujrepaken malih
tombakipun ing siti medal toya. Para santri bingah sanget amargi wonten toya
saha latu. Toya saha latu punika dipunginakaken kangge ngolah tetedhahan.
35
36
Salajengipun Sunan Kalijaga sarombongan sampun dangu anggenipun
ngaso ing Mrapen Abadhi, pramila badhe nglajengaken malih lampahan ing
Demak. Nalika Sunan Kalijaga sarombongan badhe tindak ing Demak, salah
satunggaling santrinipun ngasta umpak ( cagak ) punika awrat sanget. Umpak
punika asalipun cagak kraton Majapahit. Amargi umpak punika awrat sanget
Sunan Kalijaga ngutus umpak punika dipuntilar kemawon supados samangke
kangge patilasan Sunan Kalijaga ing Mrapen Abadhi kitha Grobogan.
Ing sawijining dinten Sunan Kalijaga kemutan kaliyan rayinipun ingkang
naminipun Dewi Rosowulan. Dewi Rosowulan wanci punika medal saking
dalemipun Kadipaten Tuban. Sunan Kalijaga asalipun putra Bupati Tuban
ingkang gadhah nami Raden Sahid. Amargi ing jaman rumiyin Sunan Kalijaga
nakal pramila dipunutus medal saking kadipaten.
Sunan Kalijaga kemutan kaliyan Dewi Rosowulan. Dewi Rosowulan
inggih punika rayinipun Sunan Kalijaga. Piyambakipun ngutus salah satunggaling
santrinipun ingkang naminipun Empu Supo kangge madosi Dewi Rosowulan.
Empu Supo salah satunggaling santri Sunan Kalijaga ingkang ahli damel pusaka.
Kathahipun damel pusaka kangge pirantos perang ing kesultanan Demak. Empu
Supo madosi Dewi Rosowulan kepanggih ing Sendhang Beluk Desa Ngajek
( Kabupaten Grobogan), ananging ingkang boten limrah Dewi Rosowulan angel
dipuncepeng amargi wujudipun ngedap – ngedapi sami kaliyan kidang, amargi
dangu sanget nindakaken “ tapa ngidang” inggih punika tapa tanpa busana.
Salajengipun Empu Supo matur kaliyan Sunan Kalijaga kedadosan
ingkang kalampahan Dewi Rosowulan. Salajengipun Sunan Kalijaga maringi
37
saklembar slendhang ingkang naminipun “slendhang cindhe”. Ngagem slendhang
punika Dewi Rosowulan saged dipunboyong ing Demak.
Empu Supo kasil anggenipun boyong Dewi Rosowulan pramila
piyambakipun dipunnikahaken kaliyan Dewi Rosowulan. Empu Supo dados
sedherek Sunan Kalijaga. Saderengipun dipunnikahaken Sunan Kalijaga nyuwun
dhumateng Empu Supo kangge damel pusaka. Damelipun ing Mrapen Abadhi
ingkang sampun sumadya inggih punika latunipun kangge ngobong, sela bobot
kangge tatag, saha toyanipun kangge nyepuh ( nyelup) pusaka.
Ing Mrapen Abadhi punika Empu Supo kangge damel pusaka ingkang
naminipun pusaka Sengkelat utawi Kyai Slamet. Boten limrahipun, pusaka
ingkang dipundamel boten ngginakaken pirantos kangge gembleng ananging
namung dipuncepeng kaliyan driji. Nalika pusaka dipuncelupaken ing sendhang,
toyanipun ewah dados werni semu jene.
Empu Supo damel pusaka antawisipun.
1) Kyai Sengkelat luk tiga welas.
2) Kyai Cubruk
3) Kyai Nogo Sosro luk tiga welas.
4) Kyai Nogo Siluman luk tiga welas.
5) Kyai Nogo Kikik luk tiga welas.
6) Kyai Nogo Welang luk tiga welas.
Sapunika sedaya pusaka dipunmuseumaken ing Demak Kadilangu.
38
b. Miturut ( Dinas Pemuda Olahraga Kebudayaan dan Pariwisata kitha Grobogan,
tanpa taun : 23 – 24 )
Nalika prajurit Demak saged ngalahaken tentara Girindra Wardana
ingkang nguwaosi kraton Majapahit, pramila sedaya barang – barang saking
kraton Majapahit dipunasta ing kraton Demak. Barang ingkang dipunasta punika
kathah sanget, pramila rombongan dipunpantha dados kalih. Sepisan lumantar
dalan ingkang dipunpandegani Sunan Kalijaga, menawi lumantar segara
dipunpandegani dening Sunan Bonang.
Sunan Kalijaga sarombongan ngaso ing papan Mrapen amargi
piyambakipun sarombongan sayah saha ngelak. Papan kasebat boten wonten toya,
pramila Sunan Kalijaga nujrepaken tombakipun ing siti medal toya. Sunan
Kalijaga sarombongan bingah sanget. Toyanipun dipuagem kangge ngunjuk saha
siram. Nalika wanci ndalu Sunan Kalijaga sarombongan luwe sanget, pramila
Sunan Kalijaga nujrepaken malih tombakipun ing siti medal latu. Latu punika
dipunginakaken ngolah tetedhahan. Latu saha toya sapunika taksih wonten.
Bebrayan Jawi mastani toyanipun “sendhang dhudha”, menawi latunipun
kawastanan “ latu mrapen abadhi”. Latu Mrapen Abadhi sapunika boten saged
pejah.
Nalika Sunan Kalijaga badhe nglajengaken lampahan, salah satunggaling
santrinipun njerit amargi wonten emas ing inggilipun manggar ( sekar krambil ),
pramila Sunan Kalijaga ngandharaken punika boten emas ananging tetesan embun
ingkang pikantuk srengenge. Salajengipun Sunan Kalijaga maringi papan kasebat
Desa Manggarmas.
39
Sunan Kalijaga sarombongan nglajengaken lampahan dhateng Demak,
ananging salah satunggaling santrinipun kawratan anggenipun ngasta barang –
barang. Pramila Sunan Kalijaga ngutus supados barang kasebat dipuntilar ing
Mrapen kemawon. Barang kasebat kawastanan “sela bobot”, saha anggadhahi
kapitadosan kangge ngramal nasib.
Empu Supo dipunutus Sunan Kalijaga damel pusaka, amargi
piyambakipun ahli damel pusaka. Sunan Kalijaga ngutus damel pusaka ing Desa
Manggarmas. Papan kasebat ingkang sampun sumadya latu kangge ngobong, sela
bobot kangge tatag, saha toyanipun sendhang dhudha kangge nyepuh ( nyelup )
pusaka. Miturut cariyos toyanipun sendhang dhudha punika asalipun bening,
ananging nalika toyanipun dipunagem Empu Supo kangge nyelup pusaka dados
ewah boten bening malih saha umup ananging boten benter.
c. Miturut saking http : //grobogan.com//
Raden Patah wangun kraton Demak taun 1503. Kemajengan kraton
Demak dumugi kraton Majapahit. Bebrayan kraton Majapahit kathah ingkang
mlebet agami Islam. Salajengipun kraton Majapahit punika ambruk, pramila
Sunan Kalijaga sarombongan mboyong barang – barang ingkang badhe dipunasta
ing Demak.
Nalika Sunan Kalijaga sarombongan nindakaken lampahan dangu sanget,
pramila ngaso ing Mrapen rumiyin. Papan kasebat boten wonten toya saha latu.
Pramila Sunan Kalijaga nujrepaken tombakipun ing siti medal toya. Salajengipun
40
Sunan Kalijaga nujrepaken malih tombakipun ing siti medal latu. Latu punika
boten saged pejah, pramila kawastanan “ latu mrapen abadhi”.
Sunan Kalijaga anggenipun ngaso dangu sanget salajengipun badhe
ngalajengaken lampahan dhateng Demak. Nalika dumugi ing Demak, salah
satunggaling barang wonten ingkang ketilar ing Demak. Sunan Kalijaga ngutus
supados boten mundhut barang kasebat supados dados patilasan ing Mrapen
kemawon. Barang kasebat salajengipun dipunwastani “sela bobot”.
Sunan Kalijaga saha Jaka Supo madosi kajeng jati ing alas kangge “ saka
guru” kangge damel masjid Demak. Nalika ing alas piyambakipun kepanggih
Dewi Rosowulan ingakang nembe “tapa ngidang”. Dewi Rosowulan sejatosipun
rayinipun Sunan Kalijaga. Dewi Rosowulan punika medal saking kadipaten
Tuban amargi boten purun dipunnikahaken. Pramila Sunan Kalijaga ngonduraken
Dewi Rosowulan ing Tuban saha dipunnikahaken kaliyan Jaka Supo.
Sunan Kalijaga punika ngutus Jaka Supo damel pusaka, amargi
piyambakipun ahli damel pusaka. Sunan Kalijaga ngasta wesi ingkang agengipun
saklungsu kangge damel pusaka. Nalika wesi punika dipuncepeng ewah dados
wesi ingkang awrat sanget. Sunan Kalijaga ngutus damelipun pusaka ing Mrapen
ingkang sampun sumadya latu kangge ngobong, sela bobot kangge tatag, saha
toyanipun sendhang dhudha kangge nyepuh ( nyelup ) pusaka. Ingkang boten
saged dipunnalar nalika nyelup pusaka ing toyanipun sendhang dhudha dados
toyanipun ewah semu jene.
Dados saged kapundhut dudutan bilih asal – asulipun Mrapen Abadhi
miturut sumber sinerat inggih punika ing jaman Prabu Brawijaya V kraton
41
Majapahit punika ambruk. Salajengipun kraton Majapahit dipunkuwaosi kraton
Demak. Sedaya barang – barang saking kraton Majapahit punika dipunasta
dhateng kraton Demak. Tiyang ingkang mundhut barang – barang inggih punika
Sunan Kalijaga sarombongan.
Nalika Sunan Kalijaga sarombongan nindakaken lampahan dhateng
Demak, sarombongan punika sayah, ngelak saha luwe. Sunan Kalijaga punika
waliyullah nalika nujrepaken tombakipun ing siti medal latu. Salajengipun
nujrepaken malih tombakipun ing siti medal toya. Toya saha latu punika
dipunginakaken kangge olah – olah amargi barang ingkang dipunasta barang
mentah.
Sunan Kalijaga sarombongan sampun dangu anggenipun ngaso ing
Mrapen, pramila lampahan badhe dipunlajengaken ing Demak. Salah satunggaling
santrinipun kawratan anggenipun ngasta umpak ( cagak ). Sunan Kalijaga ngutus
umpak dipuntilar ing Mrapen kemawon.
Nalika Sunan Kalijaga sarombongan sampun dugi dhateng Demak
piyambakipun kemutan rayinipun Dewi Rosowulan. Dewi Rosowulan punika
medal saking kadipaten Tuban. Pramila Sunan Kalijaga ngutus salah
satungggaling santrinipun kangge madosi Dewi Rosowulan. Santrinipun ingkang
dipunutus inggih punika Empu Supo. Dewi Rosowulan punika boten saged
dipuncepeng amargi ngedap – ngedapi sami kaliyan kidang. Empu Supo punika
dipunparingi “slendhang cindhe” Sunan Kalijaga kangge boyong Dewi
Rosowulan dhateng Demak.
42
Empu Supo kasil anggenipun boyong Dewi Rosowulan, pramila
piyambakipun dipunnikahaken kaliyan Dewi Rosowulan. Saderengipun nikah,
Sunan Kalijaga ngutus Empu Supo supados damel pusaka ing Mrapen. Damelipun
pusaka ing Mrepen sampun sumadya latunipun kangge ngobong, sela bobot
kangge tatag, saha toyanipun sendhang dhudha kangge nyepuh ( nyelup ) pusaka.
Tuladhanipun pusaka ingkang dipundamel pusaka Kyai Sengkelat. Pusaka
sanesipun ingkang dipundamel Empu Supo punika dipunmuseumaken ing Demak
Kadilangu.
2. Miturut Sumber Lisan
a. Nami : Ibu Siti Fatonah ( Juru kunci ing Mrapen Abadhi)
Yuswa : 54 taun
Papan : Dhusun Mlatih RT 02 RT 01, Desa Manggarmas, Kecamatan Godong,
Kabupaten Grobogan
Surya Wawan Rembag : 15 April 2010
Sela bobot punika jaman rumiyin umpak ( cagak ) ing masjid Demak.
Jaman rumiyin badhe damel masjid ing Demak. Umpak punika ketilar ing alas
Mrapen. Ing wekdal ngaso anggadhahi pikajengan ngrokok. Tombakipun Sunan
Kalijaga nujrepaken medal latu salajengipun nujrepaken malih tombakipun medal
toya. Umpak punika dipunginakaken kangge gembleng pusaka. Pusaka
dipunobong ing latu salajengipun dipuncelupaken ing sendhang dhudha.
43
b. Nami : Miturut Ibu Mutakiyah ( Juru kunci ing Mrapen Abadhi)
Yuswa : 41 taun
Papan : Dhusun Mlatih RT 02 RT 01, Desa Manggarmas, Kecamatan Godong,
Kabupaten Grobogan
Surya Wawan Rembag : 15 April 2010
Jaman rumiyin Mrapen Abadhi minangka papan kangge ngaso Sunan
Kalijaga nalika ngasta barang – barang utawi mboyong kraton Majapahit dhateng
Demak. Ing wekdal lampahan punika tebih sanget pramila ngaso ing Mrapen
Abadhi. Manungsa ing pagesangan mbetahaken latu saha toya. Sunan Kalijaga
nujrepaken tombakipun medal latu saha nujrepaken tombakipun malih medal
toya. Latu saha toya dipunginakaken kangge ngolah tetedhahan amargi ingkang
dipunasta barang mentah.
Nalika Sunan Kalijaga saha santrinipun lampahan sampun dangu pramila
lampahan dipunlajengaken ing Demak. Salah satunggaling umpak dipunasta
santrinipun rumaos awrat sanget. Sunan Kalijaga ngutus santrinipun umpak
ingkang dipunasta dipuntilar kemawon, supados samangke dados patilasan Sunan
Kalijaga.
Salajengipun ing Demak Sunan Kalijaga madosi rayinipun ingkang boten
wonten ingkang naminipun Dewi Rosowulan. Sunan Kalijaga upaya madosi saha
damel sayembara. Sinten kemawon ingkang saged madosi Dewi Rosowulan,
tumrap tiyang jaler punika dipunnikahaken kaliyan Dewi Rosowulan. Menawi
tiyang estri ingkang saged madosi Dewi Rosowulan punika dipunanggep
sedherek.
44
Salah satunggaling santrinipun ingkang nyanggemi badhe madosi Dewi
Rosowulan inggih punika Empu Supo. Sunan Kalijaga ngutus Empu Supo
saderangipun damel pusaka ing Mrapen Abadhi. Latu punika dipunginakaken
kangge ngobong pusaka, sela utawi umpak dipunginakaken kangge tatag pusaka,
toyanipun punika dipunginakaken kangge nyelup ( nyepuh ) pusaka. Sapunika
toyanipun boten bening malih. Jaman rumiyin toyanipun bening sanget amargi
sapunika dipunginakaken nyepuh ( nyelup ) pusaka. Toyanipun sendhang dhudha
dipunginakaken kangge obat sakit kulit. Toyanipun punika umup ananging boten
benter.
Sayembara sampun purna damel pusaka salajengipun kangge madosi Dewi
Rosowulan. Sapunika Empu Supo dados sedherek Sunan Kalijaga. Empu Supo
damel pusaka boten namung pusaka Sengkelat kemawon ananging wonten pusaka
ingkang sanes. Pusaka sanesipun dipunmuseumaken ing Demak Kadilangu.
c. Nami : Miturut Ibu Ribudiyati ( Bebrayan Jawi ing Mrapen Abadhi)
Yuswa : 41 taun
Papan : Dhusun Mlatih RT 02 RT 01, Desa Manggarmas, Kecamatan Godong,
Kabupaten Grobogan
Surya Wawan Rembag : 15 April 2010
Sejarah Mrapen Abadhi minangka patilasan Sunan Kalijaga nalika saking
kraton Majapahit dhateng Demak. Majapahit ambruk, pramila dipunasta dhateng
Demak salajengipun ngaso ing Mrapen. Menawi manungsa ing pagesangan
mbetahaken latu saha toya kangge napa kemawon. Sunan Kalijaga punika
45
waliyullah nujrepaken tombakipun ing siti medal latu saha toya. Sela bobot
dipuntilar ing mriki pramila boten sengaja punapa boten.
Dados saged kapundhut dudutan asal- usulipun Mrapen Abadhi miturut
sumber lisan inggih punika Mrapen Abadhi minangka patilasan Sunan Kalijaga.
Jaman rumiyin barang – barang kraton Majapahit dipunasta dhateng Demak.
Salajengipun Mrapen punika papan kangge ngaso Sunan Kalijaga. Manungsa ing
pagesangan mbetahaken latu saha toya. Sunan Kalijaga punika waliyullah nalika
nujrepaken tombakipun ing siti medal latu. Salajengipun nujrepaken malih
tombakipun siti medal toya. Latu saha toya dipunginakaken kangge ngolah
tetedhahan amargi ingkang dipunasta barang mentah.
Sunan Kalijaga saha santrinipun sampun dangu anggenipun ngaso, pramila
badhe nglajengaken lampahan dhateng Demak. Salah satunggaling santrinipun
kawratan anggenipun ngasta umpak ( cagak ). Sunan Kalijaga ngutus santrinipun
supados umpak punika dipuntilar kemawon.
Nalika Sunan Kalijaga sampun dugi ing Demak, rayinipun Sunan Kalijaga
boten wonten. Naminipun inggih punika Dewi Rosowulan. Sunan Kalijaga punika
damel sayembara. Tiyang ingkang saged madosi Dewi Rosowulan tumrap tiyang
jaler dipunnikahaken kaliyan Dewi Rosowulan. Menawi tiyang estri punika
dipunanggep sedherek.
Salah satunggaling santrinipun ingkang nyanggemi madosi Dewi
Rosowulan inggih punika Empu Supo. Empu Supo dipunutus Sunan Kalijaga
damel pusaka rumiyin. Damelipun pusaka ing Mrapen ingkang sampun sumadya
46
latunipun kangge ngobong, sela bobot kangge tatag, saha toya sendhang dhudha
kangge nyepuh ( nyelup ) pusaka.
Empu Supo kasil anggenipun madosi Dewi Rosowulan. Piyambakipun
dipunnikahaken kaliyan Dewi Rosowulan. Pusaka ingkang dipundamel Empu
Supo boten namung pusaka Sengkelat. Pusaka sanesipun ingkang dipundamel
Empu Supo sapunika dipunmuseumaken ing Demak Kadilangu.
B. Patilasan Sunan Kalijaga ing Mrapen Abadhi Kitha Grobogan
1. Miturut Sumber Sinerat
a. Latu Abadhi
Latu utawi geni punika kedadosan rikala Sunan Kalijaga nujrepaken
tombakipun ing siti. Asal usulipun Sunan Kalijaga punika mbetahaken latu
kangge olah - olah, Sunan Kalijaga nujrepaken tombakipun medal latu. Latunipun
jaman rumiyin dipunginakaken Empu Supo kangge damel pusaka. Latunipun
kangge ngobong pusaka. Medalipun latu punika kawontenan gas ingkang medal
saking salebeting siti salajengipun kobong. Sumberipun semburan gas garis
tengahipun kirang langkung 1, 5 m. Sapunika kawontenan latu dipunparingi
tumpukan sela kapur supados boten bebayani tiyang amargi latunipun wanci siang
boten ketingal.
Jaman rumiyin kawontenan Api Abadhi kaliyan Sendhang Dhudha caket
sanget, kirang langkung tebihipun gangsal jangkahan samparan. Kawontenan
sapunika sampun tebih sanget amargi sumber latunipun ewah, dados ewahipun
latu punika tumpukan sela ugi dipuewahi.
47
Sejatosipun latu punika saged pejah menawi wonten jawah ingkang deres
sanget. Menawi badhe medalaken latunipun ngagem rek dipunsumet ing
inggilipun latu, pramila latunipun saged medal malih. Dipunwastani Api Abadhi
punika boten saged pejah ananging latu punika dipunlestantuaken dumugi
sapunika.
Latunipun kados latu gas elpiji. Menawi dipunparingi ron garing punika
saged kobong. Kosok wangsulipun menawi dipunparingi ron teles boten saged
kobong. Gas ingkang medal punika namung ing pori – pori siti, ananging boten
wonten sumberipun. Latunipun ing jaman rumiyin ageng sanget, ananging taun
1992 upaya ngagengaken Mrapen Abadhi dereng kasil.
Prakawis ingkang njalari alitipun latu inggih punika.
1) Kathah wit – witan ingkang dipuntegor pramila boten wonten ngresepipun
toya. Dados menawi wonten jawah sitinipun banjir pramila latunipun sansaya
boten murup.
2) Bebrayan Jawi ingkang caket kaliyan Mrapen ngginakaken latu kangge gas
olah - olah. Dalemipun kirang langkung 1 Km saking Mrapen Abadhi.
3) Semburan gas dipunaling – alingi pori – pori gas ing salebeting siti, pramila
kirang gangsar semburanipun.
4) Kirangipun cadhangan gas ing salebeting siti amargi faktor alam.
48
b. Sela Bobot
Sela bobot papanipun dipundamelaken griya alit ing sisih latu. Umpakipun
dipunwastani “ Sela bobot ” tegesipun sela ingkang awrat. Asal usulipun sela
bobot punika umpak kraton Majapahit. Sunan Kalijaga sarombongan boyong
umpak saking Majapahit dhateng Demak Bintoro. Amargi awrat sanget pramila
badhe nglajengaken malih lampahan dhateng Demak sela bobot dipuntilar ing
Mrapen Abadhi. Sela bobot punika dipunginakaken Empu Supo kangge tatag
damel pusaka.
Selanipun sapunika sampun pecah amargi ing jaman Walanda wonten
tiyang ingkang meksa ngangkat sela bobot salajengipun dipundawahaken
kemawon. Salajengipun sela bobot dipuntaleni kaliyan tali ijuk ananging sapunika
dipuntaleni kaliyan tali plastik. Bobotipun kirang langkung 20 Kg. Sela bobot
menawi dipunpenggalih boten nalar. Nalika selanipun dipunangkat saged enteng
saha awrat sanget.
Sela bobot wonten ing griya alit. Asringipun sela bobot dipunkunci.
Limrahipun menawi wonten tiyang ingkang badhe ngramal nasib punika nembe
dipunbikakaken. Menawi dipuntutup teras supados dados aman ing Mrapen
Abadhi.
c. Sendhang Dhudha
Sendhang dhudha sapunika kirang langkung tebihipun 25 m kaliyan Api
Abadhi. Wujudipun kados sumur ingkang anggadhahi garis tengah 5 m saha
lebetipun ing siti kirang langkung 1, 5 m. Asal usulipun kedadosan sendhang
49
dhudha inggih punika nalika Sunan Kalijaga nujrepaken tombakipun ing siti
medal toya. Toyanipun ing jaman rumiyin bening, ananging sapunika boten
bening malih. Werninipun semu jene saha ketingal umup ananging boten benter.
Empu Supo ngginakaken toya sendhang dhudha punika kangge nyepuh ( nyelup )
pusaka, pramila kawontenan toyanipun werninipun semu jene.
Toyanipun ketingal umup ingkang njalari inggih punika gas ing salebeting
siti. Umupipun toya sendhang dhudha sapunika boten ketingal malih amargi
toyanipun boten sumberipun ananging gas ing salebeting siti. Pramila mangsa
ketiga toyanipun susut, menawi mangsa rendheng toyanipun sansaya tambah.
Miturut Rubiatno : 10 prakawis unsur kimia ingkang kakandhut sendhang
dhudha inggih punika.
No Unsur Kimia Katrangan
1 Werni Toya Ijem semu jene
2 Ambetipun Toya Boten sekeca
3 Suhu Hawa 35 C°
4 Suhu Toya 38 C°
5 Ph 5, 35
6 Cilikon dioksida ( Si O2 ) 108, 98 mg/it/ppt
7 Clorida ( CL) 337, 96
8 Clorat ( C 12 ) 6, 96
9 Sulfat ( SO4 ) 41, 04
10 Besi ( Fe ) 15, 87
11 Mangan ( Mn ) 0,95
12 Asam Karbonat ( HCO3 ) 385,50
50
13 Calsium ( Ca ) 52, 10
14 Magnesium ( Mg ) 17, 99
15 Posfat ( PO4 ) 6, 45
16 Bor / UDT ( b ) 0, 06
17 Carbondioksida ( CO2 ) 15, 35
19 Asam Belerang / A. Solfat
( H2S )
2, 74
20 Amonia ( NH ) 3, 02
21 Alumunium ( Al ) 0, 32
Dados saged kapundhut dudutan patilasan Sunan Kalijaga ing Mrapen
Abadhi miturut sumber sinerat inggih punika latu abadhi, sela bobot, sendhang
dhudha. Latu Abadhi ing jaman rumiyin nalika Sunan Kalijaga nujrepaken
tombakipun ing siti medal latu. Latu punika salajengipun dipunginakaken Empu
Supo kangge ngobong pusaka. Latunipun kados gas elpiji. Sumberipun gas kirang
langkung 1, 5 m. Latunipun punika saged pejah menawi wonten jawah ingkang
deres sanget. Pramila badhe medalaken latunipun malih punika nyumet rek ing
inggilipun latu.
Sela bobot asalipun umpak ( cagak ) kraton Demak. Salah satunggaling
santrinipun kawratan anggenipun ngasta umpak, pramila umpakipun dipuntilar
ing Mrapen. Ing jaman rumiyin dipunginakaken Empu Supo kangge tatag damel
pusaka. Bobotipun kirang langkung 20 Kg. Sela bobot dipundamelaken griya alit.
Menawi wonten bebrayan Jawi ingkang badhe ngangkat sela bobot punika nembe
dipunbikakaken.
51
Sendhang dhudha asalipun nalika Sunan Kalijaga nujrepaken tombakipun
ing siti medal toya. Ing jaman rumiyin dipunginakaken Empu Supo kangge
nyepuh ( nyelup ) pusaka. Pramila kawontenan toyanipun boten bening malih.
Werninipun toyanipun semu jene. Lebetipun toya kirang langkung 1, 5 m saha
garis tengahipun kirang langkung 5 m.Toyanipun punika kathah unsur kimia.
2. Miturut Sumber Lisan
a. Nami : Ibu Mutakiyah ( Juru kunci ing Mrapen Abadhi )
Yuswa : 41 taun
Papan : Dhusun Mlatih RT 02 RW 01, Desa Manggarmas, Kecamatan Godong,
Kabupaten Grobogan
Surya Wawan Rembag : 13 Juni 2010
Patilasan ing Mrapen Abadhi punika latu abadhi, sela bobot, toya sendhang
dhudha
1) Latu Abadhi
Ing jaman rumiyin sederengipun papanipun Mrapen Abadhi dipunparingi
paving, latu punika saget mrembet lumantar pori – pori ing siti. Sapunika sampun
dados setunggal sumberipun amargi sampun pavingan.
Kawontenan ing latu sapunika sampun alit boten kados ing jaman rumiyin.
Sapunika latunipun dipuntumpuki latu kapur ing inggilipun. Ancasipun jagi
latunipun wanci siang supados tiyang ingkang mirsani punika boten bebayani. Ing
wanci jawah latu punika taksih gesang. Kadhang menawi wonten angin ingkang
52
ageng punika saged ical. Supados medal malih latunipun punika kanthi cara
nyumet rek ing inggilipun latu.
Tiyang ingkang nyumet latu punika kedah atos – atos amargi saged
nyamber kanthi langsung. Inggilipun latu kirang langkung 20 cm. Ing Wanci
siang latunipun boten ketingal. Latunipun punika kados gas elpiji. Werninipun
semu biru.
2) Sela Bobot
Wangunipun kados cangkang kura – kura. Werninipun cemeng radi coklat
saha dipuntaleni kaliyan tali plastik. Jaman rumiyin wonten tiyang ingkang
ngangkat boten kiyat ananging dipunpeksa, pramila sela bobot punika pecah
dados gangsal. Tiyang ingkang ngangkat inggih punika tiyang Cina.
Sela bobot punika dipundamelaken griya alit, kados griya joglo.
Ukuranipun kirang langkung 3 x 3 m. Sela bobot ing sisih ngandhap punika
tengahipun bolong. Tengahipun bolong ing jaman rumiyin kangge purusan cagak.
Wangunipun persegi. Jaman rumiyin para santrinipun ngasta umpak kathah,
amargi wonten setunggal umpak ingkang awrat sanget pramila diputilar
kemawon. Dados umpak punika kawastanan sela bobot, amargi selanipun awrat
sanget.
3) Sendhang Dhudha
Werninipun toyanipun sendhang dhudha boten bening amargi wonten
unthuk ingkang tansah medal saking lebetipun siti. Mangsa rendheng toyanipun
sendhang dhudha kathah amargi campuran kaliyan toya jawah. Menawi mangsa
ketiga toyanipun kedhik ananging boten nate telas. Lebetipun toya sendhang
53
dhudha kirang langkung 1.5 m saha garis tengahipun 5 m. Raosipun tawar saha
radi asin, menawi ambetipun boten sekeca.
b. Nami : Bapak Gunadi ( Juru kunci ing Mrapen Abadhi )
Yuswa : 52 taun
Papan : Dhusun Latih RT 02 RT 01, Desa Manggarmas, Kecamatan Godong,
Kabupaten Grobogan
SuryaWawan Rembag : 13 Juni 2010
Patilasan Sunan Kalijaga ing Mrapen Abadhi inggih punika latu abadhi,
sela bobot, sendhang dhudha.
1) Latu Abadhi
Latu abadhi punika wonten gas ingkang medal salebeting siti. Latunipun
kados gas elpiji. Werninipun semu biru. Ing taun 1996 sela kapur ing inggilipun
latu abadhi ngantos benter sanget. Werninipun sela kapur abrit, dados saged
dipunandharaken bilih latunipun punika ageng. Menawi sapunika boten, prakawis
ingkang njalari amargi gas ing salebeting siti mampet.
Kawontenan ing inggilipun latu abadhi punika dipuntumpuki sela kapur.
Piyambakipun nate madosi sumberipun latu abadhi ing salebeting siti. Menawi
sampun ketingal sumberipun latu, salajengipun latunipun medal ing sisihipun
sumberipun. Dipuncobi malih sampun ketingal sumberipun latu, salajengipun
latunipun ugi medal ing sisih sumberipun. Pramila sapunika piyambakipun boten
wantun malih menawi madosi sumberipun latu abadhi.
54
2) Sela Bobot
Sela bobot werninipun cemeng. Bobotipun kirang langkung 20 Kg.
Wangunipun sela bobot kados blangkon utawi cangkang kura – kura. Sela bobot
sapunika sampun pecah dados sekawan. Pramila sela bobot punika dipuntaleni
kaliyan tali plastik.
Bebrayan Jawi menawi badhe ngangkat sela bobot punika gadhah
kapitadosan ingkang inggil. Prakawis ngangkat sela bobot punika kangge
nemtokaken punapa ingkang jumbuh kaliyan pikajengan ingkang
dipunlampahaken. Tetembungan ingkang sami inggih punika istikharah. Prakawis
ingkang nyuwun ener ( arah ) supdos jumbuh boten kaliyan piyambakipun.
3) Sendhang Dhudha
Toyanipun sendhang dhudha punika gas ingkang medal salebeting siti.
Unthukipun toya sendhang dhudha menawi dipunsumet kaliyan rek ing inggilipun
punika saged medal latunipun. Dados wonten gegayutan kaliyan latu mrapen.
Werni toyanipun asring gantos, kados werni ijem, semu jene. Sapunika
werninipun radi coklat. Prakawis ingkang njalari inggih punika daya ingkang
kakandhut salebeting siti. Ambetipun toya sendhang dhudha boten sekeca.
Lebetipun toyanipun sendhang dhudha kirang langkung 1 m. Mangsa
rendheng toyanipun kathah, menawi mangsa ketiga toyanipun kedhik. Toyanipun
punika saged telas. Salajengipun sendhang dhudha punika dipunparingi toya
malih.
Dados saged kapundhut dudutan patilasan Sunan Kalijaga miturut sumber
lisan inggih punika latu abadhi, sela bobot, saha sendhang dhudha. Latu abadhi
55
punika gas ing salebeting siti. Kawontenan latu abadhi sapunika sampun alit saha
ing inggilipun dipunparingi sela kapur. Ancasipun supados tiyang ingkang mirsani
punika boten bebayani. Latu abadhi punika saged pejah. Menawi badhe
medalaken malih punika kanthi cara nyumet ing inggilipun latu.
Sela bobot wangunipun kados cangkang kura – kura utawi blangkon.
Werninipun sela bobot punika coklat semu cemeng. Selanipun sapunika sampun
pecah dados sekawan. Pramila sela bobot punika diputaleni kaliyan tali plastik.
Sela bobot dipundamelaken griya alit kados griya joglo. Kapitadosan bebrayan
Jawi menawi ngangkat sela bobot punika kangge nyuwun ener ( petunjuk )
ingkang jumbuh kaliyan lampahan ingkang badhe dipuntindakaken.
Toyanipun sendhang dhudha punika gas ingkang medal salebeting siti.
Lebetipun toya sendhang dhudha kirang langkung 1 m saha garis tengahipun 5 m.
Mangsa rendheng toyanipun punika kathah, menawi mangsa ketiga toyanipun
kedhik. Werninipun kadhang ijem, coklat, saha semu jene, menawi ambetipun
boten sekeca.
C. Kapitadosan Mrapen Abadhi ing Kitha Grobogan
1. Latu Abadhi ( Api Abadhi )
Jaman rumiyin latu abadhi dipunginakaken Empu Supo kangge ngobong
pusaka. Latunipun sapunika taksih saha boten pejah. Bebrayan Jawi anggadhahi
kapitadosan bilih latu abadhi kangge upaca ritual supados dados barokah.
56
Miturut Ibu Mutakiyah kapitadosan ing latu abadhi dipunginakaken
kangge nyumet latu pendamelan restaurant ingkang kawitan. Andharan Ibu
Mutakiyah inggih punika.
“Api sebagai menyalakan api pembuatan restaurant pertama kali ”( Surya
wawan rembag : 15 April 2010 ).
Miturut Ibu Ribudiyati latu abadhi kangge upacara ritual umat Buddha.
Andharan Ibu Ribudiyati inggih punika.
“ Ritual umat Buddha buat pengambilan api ” ( Surya wawan rembag : 15
April 2010 ).
Miturut Buku Panduan Adicara Mendhet Api Dharma ing Mrapen
Abadhi, bilih tegesipun latu abadhi inggih punika.
Api Dharma saking sumber latu alam ing Mrapen. Latu minangka tandha
ingkang madhangi saking prakawis ingkang boten sae. Ngicalaken kawontenan
ingkang boten sae dados sae, maringi kawruh ing pagesangan. Kanthi padhang
manahipun pramila pagesangan saged tentrem dening utusan Dharma ingkang
saged ngicalaken manungsa saking prakawis ingkang awon.
Ajining upacara ritual ingkang saged dipunpundhut saking tandha api
dharma inggih punika ndadosaken umat Buddha madosi ing salebeting manah.
Prakawis raos remen saha welas asih saged madhangi nagari kangge medal saking
prakawis ingkang awon. Kanthi madhangi manah nagari Indonesia saged madosi
raos remen ing donya saha pagesangan salajengipun.
57
Api Dharma minangka tandha pirantos peribadatan ritual umat Buddha
ingkang tansah madhangi manah saha kemutan ing salebeting pagesangan
sapunika. Tandha mendhet latu dipunwontenaken Perwakilan Umat Buddha
Indonesia ( WALUBI ) ingkang ndadosaken sesrawungan saha rukun ing
pagesangan umat agami katindakaken kanthi lelandhesan raos remen saha welas
asih ingkang ndadosaken sedaya ingkang dipuntindakaken Buddha Dharma ing
Indonesia.
Salajengipun tegesipun ingkang kakandhut ing adicara Waisak ? Buddha
mucalaken bilih pagesangan inggih punika prakawis lampahan saha dumugi
kasampurnan. Dalan kasampurnan inggih punika dalan ingkang utami beruas
delapan. Dalan Bodhisatva ingkang kedah dipungayuh boten goroh, boten srakah,
boten remen, saha boten bodho.
Pagesangan dipunlampahi kanthi saestu punika saged gayuh raos remen
saha sampurna kados ingkang sampun dipuntuladhani Sang Buddha. Dalan sang
Buddha inggih punika dalan ingkang luhur saha suci. Dalan ingkang wicaksana,
raos remen, tetulung marang bebrayan. Dalan Sang Buddha inggih punika dalan
kangge tumuju Nirvana menawi umat Buddha minangka ahli warisipun.
Prakawis ingkang ndadosaken sejarah ing Mrapen Abadhi miturut
Rubiatno : 15 antawisipun inggih punika, Surya 1 Nopember 1963
dipunginakaken kangge upacara mendhet latu GANEFO 1, Surya 8 September
1981 dipunginakaken kangge upacara mendhet latu API PON X ing Jakarta,
Surya 9 Februari 1983 dipunginakaken kangge upacara mendhet latu API POR
PWI 1, Surya 8 September 1989 dipunginakaken kangge upacara mendhet latu
58
peresmian Stadion Sri Wedari, Surya 6 Oktober 1989 dipunginakaken kangge
upacara kawitaning PON XII ing Jakarta, Surya 23 Agustus 1996 dipunginakaken
kangge upacara mendhet latu PON XIV ing Jakarta.
2. Sela Bobot
Kapitadosan bebrayan Jawi kaliyan sela bobot kangge ngramal nasib. Sela
bobot punika kangge upacara ritual. Miturut Ibu Rubudiyati bilih asringipun
ngangkat sela bobot katindakaken dinten Jum’at Kliwon saha kathahipun wulan
Sura surya kaping 1 – 10. Tiyang ingkang rawuh inggih punika saking dhaerah
mriki kitha Pati, Jepara, Rembang. Dhaerah kilen inggih punika kitha Weleri,
Kendal, Pekalongan. Dhaerah saking kidul inggih punika kitha Yogyakarta, Solo,
Sragen. Limrahipun ingkang rawuh inggih punika bebrayan ingkang sampun nate
ngangkat sela bobot.
Andharan Ibu Ribudiyati inggih punika.
Jum’at Kliwon kangge upacara ritual. Masyarakat yakin batu bobotdikeramatkan. Bulan Suro tanggal 1 – 10 full yang berkunjung. Biasanyayang berkunjung orang – orang lama. Mriki orang Pati, Jepara, Rembang.Kilen: Weleri, Kendal, Pekalongan. Kidul : Yogya, Solo, Sragen ( Suryawawan rembag : 15 April 2010 ).
Pikajengan bebrayan Jawi ingkang dipunsuwun punika mawerni – werni.
Miturut Ibu Mutakiyah pikajengan ingkang dipunsuwun kados upaya ingkang
dipuntindakaken kasil, mlebet ing sekolahan saged katampi, ngobati sakit kulit,
calonan perangkat, calonan pegawe saged katampi, nyuwun pikantuk lare
(keturunan ), saha nyuwun jodho.
59
Andharan Ibu Mutakiyah inggih punika.
Batu istilah menandakan tujuan apa dilaksanakan bagus atau tidak.Caranya mengangkat batu bagus atau tidak bisa terkabul. Kepercayaanmasyarakat yang mempercayai untuk usaha sukses, menyembuhkan orangsakit, calonan perangkat, daftar pegawai, daftar sekolahan, mintaketurunan, minta jodho ( Surya wawan rembag : 15 April 2010 ).
Miturut Ibu Titin kapitadosan bebrayan Jawi tumrap sela bobot inggih
punika saged ngangkat sela bobot saged nyuwun jodho ingkang ayu, saged sugih
saha ngobati sakit kulit.
Andharan Ibu Titin inggih punika.
Pancen nggih mrapen kathah damel kepercayaan. Watu bobot jarene sagedngangkat nyuwun jodho ayu, watune bisa sugih, gadhah penyakit, sembuhsaged terkabul ( Surya wawan rembag : 15 April 2010 )
Miturut Ibu Sumiyatun kapitadosan para bebrayan kangge ngramal nasib.
Sela bobot kanthi tiga angkatan kasil punika pikajengan ingkang dipunsuwun
kagayuh. Andharan Ibu Sumiyatun inggih punika.
“ Percaya malih watu diangkat ping telu kuwat terus awujud utawi
terkabul ” ( Surya wawan rembag : 15 April 2010 ).
Prakawis kasebat gumantung tiyang ingkang pitados. Kapitadosan miturut
piyambak – piyambakipun. Bebrayan Jawi wonten ingkang pitados pramila
pikajengan saged kagayuh. Menawi tiyang ingkang boten pitados nyeyuwun
punika namung dhumateng Gusti Allah boten nyuwun kaliyan sela. Ngangkat
sela bobot minangka lantaran supados saged barokah. Pitados boten pitados
punika sampun kathah ingkang sowan nindakaken ngangkat sela bobot saha
pikajengan ingkang dipunsuwun kagayuh.
60
3. Sendhang Dhudha
Kapitadosan bebrayan Jawi ing Dhusun Mlatih, Desa Manggarmas,
Kecamatan Godong, Kabupaten Grobogan kaliyan toyanipun sendhang dhudha
punika ngandhut welirang. Miturut Ibu Siti Fatonah kapitadosan bebrayan Jawi
tumrap toyanipun sendhang dhudha punika kangge ngobati sakit, kangge
pendamelan, saha petani kangge campuran nyemprot taneman.
Andharan Ibu Siti Fatonah inggih punika.
Banyu kepercayaan kangge obat, kangge usaha. Mandi dipununjuk ugisaged dienggo kangge ngelapi usahanipun ugi saged. Petani kanggenyemprot tanaman ( Surya wawan rembag : 15 April 2010 ).
Miturut Ibu Mutakiyah kapitadosan para bebrayan tumrap toyanipun
sendhang dhudha inggih kangge ngobati sakit kulit ( toyanipun punika
dipunginakaken siram ), ngobati sakit jero, petani kangge campuran nyemprot
taneman saha tiyang ingkang ingon – ingon kangge ngresiki kandhang ingkang
kawitan.
Andharan Ibu Mutakiyah inggih punika.
Air sendhang sebagai obat kulit digunakan untuk mandi. Diambil di kamarmandi untuk mandi, penyakit dalam bisa diminum. Pertanian sebagaicampuran menyemprot tanaman, peternakan sarana membersihkankandhang pertama ( Surya wawan rembag : 15 April 2010 ).
Bebrayan Jawi ingkang buktiaken toyanipun sendhang dhudha saged
ngobati sakit kulit. Tiyang kasebat saking kitha Cilacap saha Godong anggadhahi
sakit jiwa utawi ical akalipun. Piyambakipun telaten mendhet toya kanthi cara
dipunsiram ing badanipun, pramila sakitipun waras.
61
Miturut Barokah ngandharaken bilih toyanipun sendhang dhudha punika
kalebet faktor alam ingkang aneh. Kapitadosan bebrayan Jawi toyanipun asrep,
toyanipun umup saged dipunsumet kaliyan latu. Toyanipun sendhang dhudha
saged ngobati sesakit kulit.
Andharan Barokah inggih punika.
Faktor alam tetapi keunikan ing sendhang dhudha dipercaya masyarakatairnya dingin biasa, unthuke blekuthuk – blekuthuk saged disumet geni.Toyanipun bisa ngobati penyakit kulit ( Surya wawan rembag : 15 April2010 ).
Miturut Ibu Ribudiyati kapitadosan bebrayan Jawi tumrap toyanipun
sendhang dhudha inggih punika saged ngobati sakit kulit. Ingkang buktiaken
tiyang ingkang sakit lumpuh. Piyambakipun telaten mendhet toya sendhang
dhudha kangge siram. Pramila kanthi niat ingkang saestu sakit lumpuh punika
waras.
Andharan Ibu Ribudiyati inggih punika.
Obat penyakit kulit. Air wonten gas belerang karena airnya masukposisinya rendah. Orang yang membuktikan yaitu dia sakit lumpuh mandidisini sembuh, mungkin terlalu yakin ( Surya wawan rembag : 15 April2010 ).
Sedaya kapitadosan para bebrayan ugi wonten ingkang pitados saha
ingkang boten pitados. Tiyang ingkang aslinipun Dusun Mlatih, Desa
Manggarmas menawi mendhet toyanipun punika jodho – jodhoan. Toyanipun
saged ngobati sesakit kulit saha boten saged ngobati. Prakawis ingkang njalari
sesakit kulit saged waras amargi toyanipun sendhang dhudha ngandhut welirang.
62
D. Filosofi Mrapen Abadhi Katilik Saking Dhasar Agami
Miturut ( Endraswara, 2006 : 24 ) ngandharaken bilih mistik kejawen
wonten ing pundi – pundi dhaerah. Nalika kapitadosan bebrayan Jawi makempal
dados setunggal, pramila boten bentenaken kapitadosan tiyang sanes. Ingkang
wigatos bilih bebrayan Jawi nindakaken spiritual jawi. Amargi kapitadosan
punika mawerni – werni agami kados Islam, Kristen, Katolik, Hindu, Buddha,
Santri, Priyayi, saha Abangan. Sedaya punika pirantos ritual mistik kejawen.
Miturut Ibu Ribudiyati ngandharaken bilih asringipun kalampahan upacara
ritual punika dinten Jum’at Kliwon saha kathahipun wulan Sura surya kaping 1 –
10. Tiyang ingkang rawuh inggih punika saking dhaerah mriki kitha Pati, Jepara,
Rembang. Dhaerah kilen inggih punika kitha Weleri, Kendal, Pekalongan.
Dhaerah saking kidul inggih punika kitha Yogyakarta, Solo, Sragen. Limrahipun
ingkang rawuh inggih punika bebrayan Jawi ingkang sampun nate ing Mrapen
Abadhi.
Andharan Ibu Ribudiyati inggih punika.
Jum’at Kliwon kangge upacara ritual. Masyarakat yakin batu bobotdikeramatkan. Bulan Suro tanggal 1 – 10 full yang berkunjung. Biasanyayang berkunjung orang – orang lama. Mriki orang Pati, Jepara, Rembang.Kilen: Weleri, Kendal, Pekalongan. Kidul : Yogya, Solo, Sragen ( Suryawawan rembag : 15 April 2010 ).
Prakawis punika bebrayan Jawi sampun kathah pitados ing Mrapen
Abadhi. Anggenipun upacara ritual ing Mrapen Abadhi punika caranipun benten –
benten. Saderengipun badhe ngawontenaken upacara ritual kedah matur rumiyin
dhumateng juru kunci supados dipunajari tata cara kados pundi nindakaken
63
upacara ritual. Saumpami boten matur dhumateng juru kunci rumiyin, samangke
upacara ritual ingkang dipuntindakaken saged klentu.
Tata cara ingkang asring dipuntindakaken dening bebrayan Jawi
ngawontenaken upacara ritual ing Mrapen Abadhi, miturut Ibu Mutakiyah
minangka juru kunci ing Mrapen Abadhi ngandharaken bilih, tiyang ingkang nate
mendhet latu saking dhaerah Semarang, Bandung, Kudus. Limrahipun
saderengipun mendhet latu punika dipunwontenaken slametan. Tiyang ingkang
dherek slametan bebrayan sakiwa tengenipun Mrapen Abadhi. Ambengan ingkang
sumadya inggih punika tumpeng, lawuhan, pitik ingkung, wuh – wuhan.
1. Tata cara upacara ritual mendhet latu abadhi
a. Salam dhumateng Sunan Kalijaga salajengipun salam dhumateng Kyai
Mrapi saha Nyai Mrapi.
b. Maringi sekar ing latu. Sekar ingkang dipunginakaken inggih punika
mawar, cempaka, kenanga.
c. Ngobong kemenyan ing inggilipun latu.
d. Niat mendhet latu kangge prakawis ingkang dipunpikajengaken. Tuladha
niat mendhet latu mrapen kangge damel restaurant ingkang kawitan.
e. Dedonga ingkang dipunpikajengaken dipunsebataken.
f. Mendhet latu abadhi.
Andharan Ibu Mutakiyah inggih punika.
Tata cara upacara ritual di Mrapen Abadhi untuk mengambil api mrapenyaitu salam buat Sunan Kalijaga, Kyai Mrapi dan Nyi Mrapi, menaburkanbunga mawar, kenanga dan cempaka kemudian obong kemenyan, niatmengambil api untuk keperluan apa. Misal untuk mengambil api mendirikanrestaurant yang pertama, selanjutnya berdoa dan mengambil api mrapen( Surya wawan rembag : 25 Mei 2010 ).
64
Menawi upacara ritual umat Buddha miturut Pendeta Soejito Kusumo
pirantos ingkang dipunginakaken kangge upacara ritual inggih punika.
a. Patung Buddha
Tegesipun Sang Buddha ingkang kinurmatan.
b. Lilin
Tegesipun lilin ingkang saged madhangi manah. Kathahipun lilin wonten
gangsal. Gangsal lilin kasebat anggadhahi teges kesaean, setya, sregep, suci,
saha greget.
c. Sekar ingkang dipunginakaken napa kemawon. Tegesipun sekar punika
boten abadhi kados manungsa samangke seda.
d. Toya
Tegesipun barang ingkang suci.
e. Wuh – wuhan
Tegesipun barang ingkang boten abadhi.
f. Dhupa
Tegesipun wewanginan.
Andharan Pendeta Soejito Kusumo inggih punika.
Patung Buddha maknanya sang Buddha yang dihormati. Lilin ada 5 macamyang artinya penerangan, kebajikan, setia, suci, dan semangat. Bungamempunyai makna tidak abadhi seperti manusia tidak abadhi. Air maknanyasuci. Buah maknanya jaga tidak abadhi. Dupa maknanya wewangian. Buahdan bunga yang disediakan untuk upacara ritual apa saja ( Surya wawanrembag : 25 Mei 2010 ).
Tata cara upacara ritual ingkang dipuntindakaken inggih punika saking
pinten majelis umat Buddha ngawontenaken upacara ritual kaliyan ngungelaken
mantra – mantra. Tuladhanipun majelis umat Buddha Sangha Trevada ngagem
65
basa pali saha sansekerta. Salajengipun dedonga dhumateng Sang Buddha.
Menawi sampun rampung upacara ritual sedaya majelis umat Buddha mendhet
latu ing Mrapen kanthi sesarengan. Latu Abadhi punika dipunasta ing Candhi
Borobudur kangge prosesi Waisak tumrap umat Buddha.
Andharan Pendeta Soejito Kusumo inggih punika.
Walubi kan terdiri dari berbagai majelis. Jadi yang ikut melakukan upacararitual perwakilan dari berbagai majelis. Caranya masing – masing majelismelakukan upacara ritual secara bergiliran dan mengucapkan mantra –mantra. Seperti Sangha Theravada mereka menggunakan bahasa pali dansansekerta. Selanjutnya berdoa kepada sang Buddha. Kemudian perwakilanmajelis mengambil Api Mrapen secara bersamaan. Setelah itu api di bawake Candi Borobudur untuk prosesi Waisak bagi umat Buddha ( Suryawawan rembag : 25 Mei 2010 ).
2. Tata cara upacara ritual ngangkat sela bobot
a. Salam dhumateng Sunan Kalijaga salajengipun salam dhumateng Kyai bobot
saha Nyai Bobot.
b. Maringi sekar ing sela bobot. Sekar ingkang dipunginakaken inggih punika
mawar, cempaka, kenanga.
c. Niat ngangkat sela bobot. Tuladha niat ngangkat sela bobot kangge
daftaraken pegawe polisi.
d. Dedonga ingkang dipunpikajengaken dipunsebataken.
e. Ngangkat sela bobot. Tumrap tiyang jaler ngangkat sela bobot kanthi
lenggah sila, menawi tiyang estri ngangkat sela bobot kanthi samparan kalih
dipuntumpuk.
66
Andharan Ibu Mutakiyah inggih punika.
Kalau watu bobot upacara ritualnya, Salam untuk Sunan Kalijaga, KyaiBobot dan Nyai Bobot, duduk bersila, menabur bunga mawar, kenanga dancempaka. Kemudian berziarah atau kirim doa. Niat mengangkat batu bobot,misal untuk mendaftar polisi. Berdoa apa yang diharapkan dan mengangkatbatu bobot ( Surya wawan rembag : 25 Mei 2010 ).
Miturut Rubiatno : 12 tata cara ingkang badhe ngangkat sela bobot inggih
punika.
1. Matur kaliyan juru kunci. Juru kunci ing Mrapen Abadhi punika larenipun
Ibu Parminah. Dados juru kunci punika dipungilir setunggal minggu.
Salajengipun juru kunci maringi tata cara badhe dedonga.
2. Anggadhahi ancas ingkang teteg ananging boten kangge nyobi. Kangge
upacara ritual ngginakaken sekar antawisipun mawar, cempaka, kenanga
supados selanipun anggadhahi kekiyatan magis. Jalaran niat utawi
kapitadosan bebrayan punika kedah kiyat sanget, pramila sela bobot saged
kaangkat.
3. Ngangkat sela bobot tumrap tiyang jaler punika lenggahipun sila, menawi
estri samparan kalih dipuntumpuk. Salajengipun ndedonga punapa ingkang
dipunpikajengaken saha pasrah dhumateng Gusti Allah.
Ngangkat sela punika saged kaangkat kanthi enteng, ugi saged awrat sanget.
Selanipun kaangkat pikajengan ingkang dipunsuwun saged kagayuh. Menawi
boten pikajengan ingkang dipunsuwun boten saged kagayuh. Bebrayan Jawi
menawi boten kasil ugi wonten ingkang mangsuli malih ngangkat sela. Prakawis
ingkang njalari boten kaangkat selanipun inggih punika.
67
a. Syaratipun kirang jangkep.
Prakawis punika amargi boten beta sekar, saha niatipun kirang mantep.
b. Namung nyobi ngangkat sela.
Prakawis punika amargi boten gadhah ancas dados namung nyobi kemawon.
c. Kirang konsentrasi anggenipun dedonga.
Prakawis punika amargi tiyang ingkang ngangkat sela bobot piyambakipun
bingung ing prakawis ingkang badhe dipuntindakaken saha prakawis ingkang
dipunsuwun punika inggih sanget. Kados nyuwun dados presiden.
3. Tata cara upacara ritual mendhet toya sendhang dhudha
a. Salam dhumateng Sunan Kalijaga salajengipun salam dhumateng Kyai
Sendhang Dhudha saha Nyai Sendhang Dhudha.
b. Maringi sekar ing toyanipun sendhang dhudha. Sekar ingkang
dipunginakaken inggih punika mawar, cempaka, kenanga.
c. Niat mendhet toya sendhang dhudha. Tuladha niat mendhet toya sendhang
dhudha kangge ngobati sakit gatel.
d. Dedonga ingkang dipunpikajengaken dipunsebataken.
e. Mendhet toya sendhang dhudha.
Andharan Ibu Mutakiyah inggih punika.
Kalau di sendhang dhudha salam kepada Sunan Kalijaga, Kyai SendhangDhudha dan Nyi Sendhang Dhudha. Setelah itu menabur bunga mawar,kenanga, cempaka. Niat mengambil air sendhang dhudha, misal niatmengambil air untuk mengobati sakit gatel. Berdoa menyebutkankeinginan yang diminta. Selanjutnya mengambil air untuk sendhangdhudha ( Surya wawan rembag : 25 Mei 2010 ).
68
Miturut Bapak Suhadi minangka tokoh agami ing Dhusun Mlatih, Desa
Manggarmas, Kecamatan Godong, Kabupaten Grobogan ngandharaken bilih
kapitadosan ing Mrapen Abadhi punika wonten werni kalih. Sepisan punika
gumantung tiyangipun. Menawi dipunpenggalih punika kalebet syirik. Ananging
punika gumantung niatipun. Kaping kalih inggih punika Mrapen Abadhi namung
patilasan Sunan Kalijaga. Dhasar agami nyuwun ing sela bobot minangka
nindakaken syirik. Manungsa namung nyuwun pikajengan dhumateng Gusti Allah
supados ingkang nindakaken upacara ritual dipunpenggalih kangge nyaketaken
dhumateng Sunan Kalijaga.
Andharan Bapak Suhadi inggih punika.
Kepercayaan wonten werni kalih. Sepisan dilihat perilaku orang, sifatnyasyirik, tapi semua tergantung niatipun. Amal biniyah. Mrapen niku situspeninggalan Sunan Kalijaga. Dari segi agama minta sama batu syirik.Tinggal kita ke Mrapen mendekat dengan Sunan Kalijaga diperbolehkantapi minta sama Allah dimaksudkan dekat dengan Sunan Kalijaga ( Suryawawan rembag : 15 April 2010 ).
Miturut Bapak Mukmin minangka tokoh agami ing Dhusun Mlatih, Desa
Manggarmas, Kecamatan Godong, Kabupaten Grobogan ngandharaken bilih
prakawis ing Mrapen Abadhi punika kalebet syirik. Bebrayan Jawi ngangkat sela
bobot punika dipunsamiaken kaliyan Gusti Allah. Bebrayan Jawi ing Dhusun
Mlatih, Desa Manggarmas, Kecamatan Godong, Kabupaten Grobogan punika
aliranipun ahli sunnah waljamaah saha satus persen agaminipun Islam. Dados
bebrayan Jawi namung pitados dhumateng Gusti Allah. Menawi wonten tiyang
ingkang pitados gegayutan Mrapen Abadhi punika dipunanggep sae. Kula
69
piyambak boten pitados amargi punika nindakaken syirik. Nyeyuwun napa
kemawon dhumateng Gusti Allah.
Andharan Bapak Mukmin inggih punika.
Percados geni, watu mangke ing mriku nyekuthoake Gusti Allah.Nyembah watu disameake kaliyan Gusti Allah. Seratus persen umumipunmasyarakat ing mriki Islam. Seratus persen aliranipun ahli sunnahwaljamaah. Boten agami boten aliran sanes. Percados kaliyan Gusti Allahmelulu ( Surya wawan rembag : 15 April 2010 ).
Kapitadosan ing Mrapen Abadhi punika wonten ingkang pitados saha boten
ingkang pitados. Menawi wonten tiyang ingkang pitados punika gumantung
kaliyan kapitadosan piyambakipun. Manunggaling kawula ing Gusti punika
namung manembah dhumateng Gusti Allah. Menawi agami Islam punika namung
ngajaraken nyeyuwun punika namung dhumateng Gusti Allah.
Sedaya nasib sae utawi boten punika saking Gusti Allah. Amargi
pagesangan minangka sangkan paraning dumadi. Kawitan saha pungkasan ing
pagesangan dipunwangsulaken dhumateng Gusti Allah. Pramila manungsa punika
kedah menggalih kanthi lebet sanget kedadosan ing Mrapen Abadhi kados
mekaten. Manungsa punika wonten ingkang nyiptakaken, semanten ugi Mrapen
Abadhi punika wonten ingkang nyiptakaken. Manungsa menawi sampun kemutan
dhumateng Gusti Allah, bebrayan Jawi punika boten nindakaken prakawis syirik
ing Mrapen Abadhi.
Upacara ritual punika cara supados saged nyaketaken dhumateng Gusti.
Ananging ing upacara ritual ing Mrapen Abadhi punika nyebataken Sunan
Kalijaga saha sapanunggalanipun. Amargi piyambakipun inggih punika
waliyullah ingkang caket kaliyan Gusti.
70
Manunggaling kawula ing Gusti inggih punika nyaketaken dhumateng Gusti
Allah. Saumpami manembah ing sanesipun punika kalebet syirik. Sejatosipun
bebrayan Jawi punika kedah upaya nindakaken pikajengan ingkang dipunsuwun
kanthi saestu saha ndedonga. Ndedonga punika nyuwun dhumateng Gusti Allah
boten nyuwun ing Mrapen Abadhi.
E. Filosofi Mrapen Abadhi Tumrap Bebrayan Jawi
Miturut ( Endraswara, 2006 : 38 ) ngandharaken bilih mistik kejawen,
kebatinanan, saha kapitadosan punika wonten gegayutan anggenipun nindakaken
solah bawa spiritual. Ananging tetembungan kasebat benten tegesipun.
Kapitadosan minangka kawruh ingkang asipat dogmatis ingkang sesambetan ing
pagesangan saben dinten saking pinten – pinten nagari ingkang pitados napa
kemawon, saha sampun dados kapitadosan tiyang sepuh jaman rumiyin.
Miturut Wongsonegara ( salebeting Endraswara, 2006 : 38 ) ngandharaken
bilih kebatinan minangka awujud manembah dhumateng Gusti Allah supados
saged dipungayuh kasampurnan ing pagesangan.
Miturut (Endraswara, 2006 : 39) ngandharaken bilih mistik kejawen inggih
punika salah satunggaling solah bawa ingkang nindakaken kapitadosan saha
kebatinan. Mistik kejawen minangka upaya menggalih filosofi manungsa jawi.
Ananging menawi dipunpenggalih filosofi manungsa jawi punika wonten
perangan – perangan piyambak. Kados budaya, sastra jawi saha ritual mistik
kejawen. Kawruh ingkang ngginakaken spiritual punika kalebet filosofi jawi.
71
Spiritual wonten Mrapen Abadhi punika kalebet menggalih filosofis
manungsa jawi. Bebrayan Jawi anggenipun menggalih ing Mrapen Abadhi
dipunanggep barang keramat. Pramila papan kasebat kangge upacara ritual saha
kathah kapitadosanipun.
1. Latu Abadhi
Miturut Ibu Mutakiyah kapitadosan latu abadhi dipunginakaken kangge
nyumet latu pendamelan restaurant ingkang kawitan. Andharan Ibu Mutakiyah
inggih punika.
“ Api sebagai menyalakan api pembuatan restaurant pertama kali ” ( Surya
wawan rembag : 15 April 2010 ).
Tiyang ingkang nate mendhet latu saking dhaerah Semarang, Bandung,
Kudus. Limrahipun saderengipun mendhet latu punika dipunwontenaken
slametan. Tiyang ingkang dherek slametan bebrayan sakiwa tengenipun Mrapen
Abadhi. Ambengan ingkang sumadya inggih punika tumpeng, lawuhan, pitik
ingkung, wuh – wuhan. Upacara ritual punika kanthi cara.
a. Salam dhumateng Sunan Kalijaga salajengipun salam dhumateng Kyai
Mrapi saha Nyai Mrapi.
b. Maringi sekar ing latu. Sekar ingkang dipunginakaken inggih punika
mawar, cempaka, kenanga.
c. Obong kemenyan ing inggilipun latu.
d. Niat mendhet latu mrapen. Tuladha niat mendhet latu mrapen kangge damel
restaurant ingkang kawitan.
72
e. Dedonga ingkang dipunpikajengaken dipunsebataken.
f. Mendhet latu abadhi.
Andharan Ibu Mutakiyah inggih punika.
Tata cara upacara ritual di Mrapen Abadhi untuk mengambil api mrapenyaitu salam buat Sunan Kalijaga, Kyai Mrapi dan Nyi Mrapi, menaburkanbunga mawar, kenanga dan cempaka kemudian obong kemenyan, niatmengambil api untuk keperluan apa. Misal untuk mengambil api mendirikanrestaurant yang pertama, selanjutnya berdoa dan mengambil api mrapen( Surya wawan rembag : 15 April 2010 ).
Kapitadosan ingkang sanes inggih punika kangge upacara ritual latu PON.
Mendhet latu punika kanthi sinambungan saking papan Mrapen Abadhi dumugi
papan badhe nindakaken lomba olahraga. Mendhet latu abadhi punika boten
wonten upacara ritual ananging dipunlampahaken kanthi cara mendhet latu kanthi
langsung saha dipunparingi adicara beksa dhaerah kados beksa gambyong.
Miturut Ibu Ribudiyati latu Mrapen Abadhi kangge upacara ritual umat
Buddha. Andharan Ibu Ribudiyati inggih punika.
“ Ritual umat Buddha buat pengambilan api ” ( Surya wawan rembag : 15
April 2010 ).
Miturut buku panduan mendhet api dharma minangka upacara ritual kangge
umat Buddha supados padhang manahipun saking prakawis ingkang boten sae ing
pagesangan.
Miturut Pendeta Soedjito Kusumo ngandharaken bilih tata cara upacara
ritual ingkang dipuntindakaken saking pinten – pinten majelis umat Buddha
kangge ngawontenaken upacara ritual kaliyan ngungelaken mantra – mantra.
Tuladhanipun majelis umat Buddha Sangha Trevada ngagem basa pali saha
73
sansekerta. Salajengipun dedonga dhumateng Sang Buddha. Menawi sampun
rampung upacara ritual sedaya majelis umat Buddha mendhet latu ing Mrapen
kanthi sesarengan. Latu Abadhi punika dipunasta ing Candhi Borobudur kangge
prosesi Waisak tumrap umat Buddha.
Andharan Pendeta Soedjito Kusumo inggih punika.
Walubi kan terdiri dari berbagai majelis. Jadi yang ikut melakukan upacararitual perwakilan dari berbagai majelis. Caranya masing – masing majelismelakukan upacara ritual secara bergiliran dan mengucapkan mantra –mantra. Seperti Sangha Theravada mereka menggunakan bahasa pali dansansekerta. Selanjutnya berdoa kepada sang Buddha. Kemudian perwakilanmajelis mengambil Api Mrapen secara bersamaan. Setelah itu api di bawake Candi Borobudur untuk prosesi Waisak bagi umat Buddha ( Suryawawan rembag : 25 Mei 2010 ).
Sedaya mistik kejawen kasebat minangka pirantos kangge pagesangan
manungsa punika saged slamet. Manungsa saged slamet punika saged nggayuh
kasampurnan. Upacara ritual ingkang dipuntindakaken minangka manembah
dhumateng Gusti ingkang dipunpitadosi dhumateng bebrayan Jawi. Pramila
manungsa kedah mangertos sangkan paraning dumadi. Tegesipun inggih punika
kawitan dumugi pungkasan ing pagesangan kedah manembah ing Gusti. Sedaya
pikajengan ingkang dipusuwun punika namung dhumateng Gusti Allah boten
sanesipun.
2. Sela Bobot
Miturut Ibu Ratemi ngandharaken bilih tiyang ingkang ngangkat sela bobot
punika kedah nyuwun dhumateng Gusti Allah. Prakawis punika boten nyuwun ing
Nyi Bobot, ananging nyuwun dhumateng Gusti Allah.
74
Andharan Ibu Ratemi inggih punika.
“ Nak nyeyuwun kaliyan Gusti Allah. Boten nyuwun Nyi Bobot neng
nyuwun kaliyan Gusti Allah ” ( Surya wawan rembag : 15 April 2010 ).
Miturut Ibu Sumiyatun menawi ngangkat sela bobot kanthi tiga angkatan
punika saged kasil, pramila pikajengan ingkang dipunsuwun saged kagayuh.
Sedaya punika minangka lantaran pitados dhumateng Gusti Allah.
Andharan Ibu Sumiyatun inggih punika.
“ Percaya malih watu diangkat ping telu kuwat terus awujud utawi terkabul.
Sedaya kangge lantaran percaya kaliyan Gusti ” ( Surya wawan rembag : 15
April 2010 ).
Miturut Fatras Agus Nurpambudi ngandharaken bilih bebrayan Jawi
nyuwun ing Mrapen Abadhi kaliyan sela bobot, ananging boten nyuwun
dhumateng Gusti Allah. Nyeyuwun punika namung dhumateng Gusti Allah boten
kaliyan sela bobot.
Andharan Fatras Agus Nurpambudi inggih punika.
Saya sendiri tidak percaya. Disitu minta sama batu, tetapi minta sama yang
kuasa. Minta sama yang kuasa bukan sama batu ( Surya wawan rembag :
15 April 2010 ).
Miturut Ibu Siti Nurkhadiroh ngandharaken bilih tiyang tebih punika kathah
ingkang kasil anggenipun upacara ritual. Menawi pitados punika kathah ingkang
kasil, boten pitados punika nyeyuwun dhumateng sela bobot. Miturut kula
75
piyambak inggih boten pitados. Sakit boten sakit punika ingkang maringi Gusti
Allah, dados nyeyuwun napa kemawon dhumateng Gusti Allah.
Andharan Ibu Siti Nurkhadiroh inggih punika.
Orang jauh disitu berhasil. Ibu tidak percaya seperti itu. Semua menurutkepercayaan sendiri. Kepercayaan minta sama Tuhan. Sakit tidak sakitTuhan yang ngasih ya.... ( Surya wawan rembag : 15 April 2010 ).
Miturut Ibu Mutakiyah tata cara ritual ing sela bobot inggih punika.
a. Salam dhumateng Sunan Kalijaga salajengipun salam dhumateng Kyai
Bobot saha Nyai Bobot.
b. Maringi sekar ing latu. Sekar ingkang dipunginakaken inggih punika
mawar, cempaka, kenanga.
c. Niat ngangkat sela bobot. Tuladha niat ngangkat sela bobot kangge
daftaraken pegawe polisi.
d. Dedonga ingkang dipunpikajengaken dipunsebataken.
e. Ngangkat sela bobot. Tumrap tiyang jaler ngangkat sela bobot kanthi
lenggah sila, menawi tiyang estri ngangkat sela bobot kanthi samparan
kalih dipuntumpuk.
Andharan Ibu Mutakiyah inggih punika.
Kalau watu bobot upacara ritualnya, Salam untuk Sunan Kalijaga, KyaiBobot dan Nyai Bobot, duduk bersila, menabur bunga mawar, kenangadan cempaka. Kemudian berziarah atau kirim doa. Niat mengangkat batubobot, misal untuk mendaftar polisi. Berdoa apa yang diharapkan danmengangkat batu bobot ( Surya wawan rembag : 25 Mei 2010 ).
Prakawis ing sela bobot punika kasebat minangka mistik kejawen. Sela
bobot minangka barang keramat saha kathah ingkang pitados bilih sela bobot
76
punika kangge ngramal nasib. Bebrayan Jawi ing dhaerah Mrapen Abadhi punika
boten asring nindakaken ngakat sela bobot. Asringipun inggih punika sanes
dhaerah ingkang caket Mrapen Abadhi.
Bebrayan Jawi punika wonten ingkang pitados saha boten ingkang pitados.
Pitadosipun ing sela bobot punika kathah ingkang anggadhahi pikajengan punika
kagayuh saha saking niatipun ingkang saestu. Pramila sela bobot punika saged
kaangkat. Prakawis ingkang boten pitados punika manembah dhumateng sela
bobot.
Tetembungan manunggaling kawula ing Gusti punika salah satunggaling
filosofi jawi. Manungsa punika ngawula utawi manembah sedayanipun
dhumateng Gusti Allah. Manungsa ingkang anggadhahi kebatinan punika bekti
dhumateng Gusti Allah. Prakawis sugih, nyuwun jodho ayu saha
sapanunggalanipun punika dipunpasrahaken dhumateng Gusti Allah. Sejatosipun
filosofi ing Mrapen Abadhi punika dipunwangsulaken dhumateng Gusti Allah.
Pramila nyeyuwun napa kemawon dhumateng Gusti Allah boten sanesipun.
3. Sendhang Dhudha
Miturut Ibu Dasmini ngandharaken bilih toyanipun sendhang dhudha saged
ngobati sakit kulit. Kados ngobati sakit gatel. Prakawis punika ingkang njalari
amargi toyanipun sendhang dhudha kakandhut welirang.
77
Andharan Ibu Dasmini inggih punika.
Toyanipun nyembuhake penyakit percaya. Kangge obat gatel, adus
toyanipun mengandung belerang ( Surya wawan rembag : 15 April 2010 ).
Miturut Bapak Jaidun ngandharaken bilih toyanipun sendhang dhudha
punika ngandhut welirang. Pramila sakit kulit saged waras. Prakawis ing Mrapen
Abadhi kula boten pitados, ananging wonten ing sendhang dhudha kula pitados
amargi ngandhut welirang. Ananging nyeyuwun saged waras punika dhumateng
Gusti Allah.
Andharan Bapak Jaidun inggih punika.
Ora percaya, percaya kaliyan Gusti Allah. Nak banyu aku percaya, banyunengandung belerang. Banyu kuwi ora kepercayaan merga kados panu lansepiturute amarga alami ( Surya wawan rembag : 15 April 2010 ).
Miturut Roudhotun Nikmah ngandharaken bilih nate mendhet toya ing
sendhang dhudha ananging inggih boten waras kangge ngobati sakit kulit.
Prakawis ing Mrapen Abadhi punika jodho – jodhoan.
Andharan Ibu Roudhotun Nikmah inggih punika.
Nate mundhut toya sendhang dhudha boten saged mari. Pernah mendhettoya saking adike penyakit kulit gatel inggih boten saged. Niku jodho –jodhoan ( Surya wawan rembag : 15 April 2010 ).
Miturut Ibu mutakiyah tata cara upacara ritual ing sendhang dhudha inggih
punika.
a. Salam dhumateng Sunan Kalijaga salajengipun salam dhumateng Kyai
Sendhang Dhudha saha Nyai Sendhang Dhudha.
78
b. Maringi sekar ing toyanipun sendhang dhudha. Sekar ingkang
dipunginakaken inggih punika mawar, cempaka, kenanga.
c. Niat mendhet toya sendhang dhudha. Tuladha niat mendhet toya sendhang
dhudha kangge ngobati sakit gatel.
d. Dedonga ingkang dipunpikajengaken dipunsebataken
e. Mendhet toya sendhang dhudha.
Andharan Ibu Mutakiyah inggih punika.
Kalau di sendhang dhudha salam kepada Sunan Kalijaga, Kyai SendhangDhudha dan Nyi Sendhang Dhudha. Setelah itu menabur bunga mawar,kenanga, cempaka. Niat mengambil air sendhang dhudha, misal niatmengambil air untuk mengobati sakit gatel. Berdoa menyebutkankeinginan yang diminta. Selanjutnya mengambil air untuk sendhangdhudha ( Surya wawan rembag : 25 Mei 2010 ).
Kapitadosan bebrayan Jawi tumrap toyanipun sendhang dhudha punika
wonten ingkang pitados amargi toyanipun ngandhut welirang. Welirang punika
minangka unsur kimia ingkang saged ngobati sesakit kulit. Pabrik – pabrik
ingkang damel obat sakit kulit kados obat sakit panu, kadas punika wonten
campuran welirang. Boten aneh menawi toyanipun sendhang dhudha punika
saged ngobati sesakit kulit. Menawi boten pitados punika sakit napa boten punika
jodho – jodhoan. Kadhang saged ngobati, kadhang boten saged ngobati.
Bebrayan Jawi sakit utawi boten sakit punika asalipun saking Gusti Allah.
Manungsa ingkang manembah dhumateng Gusti Allah punika kangge ngobati
sakit kulit namung nyuwun waras dhumateng Gusti Allah. Kados tiyang ingkang
sakit napa kemawon punika upaya namba ing griya sakit. Boten kesupen
ndedonga dhumateng Gusti Allah nyeyuwun waras badanipun.
79
Pramila prakawis ingkang gegayutan toya sendhang dhudha punika
minangka upaya kangge ngobati sakit kulit. Menawi boten waras sakitipun,
manungsa upaya malih kangge ngobati sesakitipun. Toyanipun saged ngobati
napa boten punika kedah dipunpasrahaken dhumateng Gusti Allah. Sakit utawi
boten sakit punika ingkang maringi Gusti Allah. Bebrayan Jawi kedah upaya
anggenipun ngobati sesakitipun saha ndedonga dhumateng gusti Allah boten
sanesipun.
Filosofi Mrapen Abadhi punika sesambetan kaliyan folklor. Ewondene
tegesipun folklor miturut ( Danandjaja, 2007 : 2 ) inggih punika salah
satunggaling kabudayan panilih ingkang dipungiyaraken saha
dipunwarisaken kanthi turun temurun, miturut tiyang setunggal saha sanesipun
punika benten, saha sae ingkang awujud lesan utawi sanesipun.
Panaliten ingkang ngrembag babagan filosofi Mrapen Abadhi tumrap
bebrayan Jawi punika dipunwastani folklor amargi kalebat ing tandha – tandha
folklor. Miturut ( Danandjaja, 2007 : 3 – 4 ) tandha – tandha folklor kados ing
ngandhap punika.
1). Folklor dipungiyaraken saha dipunwarisaken kanthi lesan.
Tegesipun kanthi lesan inggih punika wicantenan tiyang setunggal dhumateng
tiyang sanes.
Prakawis Mrapen Abadhi lumantar lesan punika saking tiyang ingkang
dipunsuwuni katrangan. Tiyang ingkang dipunsuwuni katrangan inggih punika
juru kunci, bebrayan jawi, tokoh agami. Sejatosipun andharan ingkang
80
dipunsuwuni katrangan punika cariyosipun tiyang jaman rumiyin. Andharan
tiyang setunggal kaliyan sanesipun punika benten.
2). Folklor asipat tradisional.
Tegesipun inggih punika dipungiyarkan dangu sanget.
Jaman rumiyin kawontenan ing Mrapen Abadhi kinten-kinten taun 1478.
Prakawis kasebat kaandharaken amargi ambrukipun kraton Majapahit. Kadadosan
Mrapen Abadhi nalika kraton Majapahit ambruk, pramila Sunan Kalijaga ngasta
barang – barang dumugi Mrapen. Kawontenan dumugi sapunika sampun 532 taun
ingkang sampun kapungkur. Dados kawontenan ing Mrapen Abadhi punika
kalebet dangu.
3). Folklor miturut tiyang setunggal tumrap sanesipun punika benten.
Prakawis asal - usul saha patilasan Mrapen Abadhi ingkang
dipunandharaken kanthi lesan punika benten. Miturut juru kunci setunggal kaliyan
juru kunci sanesipun ugi benten. Panaliti namung ngandharaken sedaya katrangan
saking juru kunci salajengipun dipunparingi dudutanipun.
4.) Folklor asipat anonim
Tegesipun anonim inggih punika pangriptanipun boten dipunkawruhi tiyang.
Prakawis ing Mrapen Abadhi punika boten saged dipunkawruhi
pangriptanipun. Tiyang ingkang kawitan nyariosaken kawontenan ing Mrapen
Abadhi punika boten gamblang amargi andharan saking tiyang setunggal kaliyan
tiyang sanesipun benten.
81
5). Folklor anggadhahi wujud.
Kawontenan ing Mrapen Abadhi inggih punika wujudipun latu abadhi
saking gas ing salebeting siti saha boten saged pejah. Sela bobot punika asalipun
umpak ( cagak ) kraton Majapahit. Toyanipun sendhang dhudha punika gas ing
salebeting siti. Dados latu abadhi kaliyan sendhang dhudha punika wonten
gegayutanipun.
6.) Folklor anggadhahi guna wonten ing pagesangan.
Patilasan Sunan Kalijaga ing Mrapen Abadhi inggih punika latu abadhi,
selo bobot, saha sendang dhudha. Latu Abadhi punika dipunginakaken mendhet
latu dharma tumrap umat Buddha, damel restaurant ingkang kawitan, saha
sapanunggalanipun. Sela bobot dipunginakaken ngadu nasib. Kados nyeyuwun
jodho ingkang ayu, sugih, saha sapanunggalanipun. Toyanipun sendhang dhudha
dipunginakaken ngobati sesakit kulit kados ngobati sakit gatel, kadas saha
sapanuggalanipun.
6.) Folklor asipat pralogis
Tegesipun inggih punika pribadi piyambakipun menggalih benten sami kaliyan
penggalihipun tiyang ingkang limrah.
Kawontenan ing Mrapen Abadhi menawi dipunpenggalih punika boten
saged dipunnalar . Ananging kedah dipunbentenaken prakawis ingkang dipunnalar
saha ingkang boten saged dipunnalar. Prakawis ingkang boten saged dipunnalar
antawisipun.
a). Latu Mrapen punika dipunginakaken pendamelan restaurant ingkang
kawitan supados saget berkah. Latu Mrapen dipunginakaken mendhet api
82
dharma tumrap umat Buddha supados manahipun padhang, pramila saged
nilaraken prakawis ingkang awon. Latu Abadhi dipunginakaken mendhet
latu PON supados berkah prakawis ingkang dipuntindakaken.
b). Sela bobot dipunginakaken ngadu nasib. Prakawis ingkang
dipunpikajengaken punika saged kagayuh. Ngangkat sela bobot kanthi tiga
angkatan selajengipun ndedonga, pramila prakawis ingkang dipusuwun
saged kagayuh.
c). Toyanipun sendhang dhudha punika saged ngobati sesakit kulit, lumpuh,
tiyang ingkang ical akalipun namung dipunsiram ing badanipun kanthi
telaten.
7). Folklor punika gadhahipun tiyang kathah.
Kawontenan ing Mrapen Abadhi amargi boten wonten pangriptanipun,
pramila gadhahipun tiyang kathah. Dados bebrayan Jawi punika kalebet
anggadhahi kawontenan ing Mrapen Abadhi ing kitha Grobogan.
Kawontenanan ing Mrapen Abadhi punika kaandharakan kanthi lesan saha
seratan. Folklor punika namung awujud kanthi lesan. Tegesipun kawontenan ing
Mrapen Abadhi punika boten ateges kalebet folklor, ananging miturut sumber
sinerat punika asalipun saking lesan tiyang setunggal kaliyan tiyang sanes
salajengipun dipunandharaken lumantar seratan. Kados buku, kaset, saha
sapanunggalipun. Dados sedaya kawontenan ing Mrapen Abadhi kitha Grobogan
kalebat folklor.
83
BAB V
PANUTUP
A. Dudutan
1. Asal usulipun Mrapen Abadhi punika patilasan Sunan Kalijaga. Asal –
usulipun saking kraton Majapahit ambruk salajengipun barang – barang
dipunasta Sunan Kalijaga dhateng Demak. Ing sawijining dinten Sunan
Kalijaga saha santrinipun ngaso ing Mrapen. Pirantos kangge olah - olah
mbetahaken toya saha latu. Sunan Kalijaga nujrepaken tombak ing siti punika
medal toya saha latu. Sunan Kalijaga sarombongan badhe nglajengaken
lampahan dhateng Demak, ananging salah satunggaling santrinipun kawratan
anggenipun ngasta umpak ( cagak ). Pramila Sunan Kalijaga ngutus supados
umpakipun dipuntilar ing Mrapen Abadhi. Jaman rumiyin latunipun
dipunginakaken Empu Supo kangge ngobong pusaka, sela bobot kangge tatag,
toyanipun sendhang dhudha dipunginakaken kangge nyepuh utawi nyelup
pusaka. Mrapen minangka papan pendamelan pusaka kraton Demak Bintoro.
2. Patilasan Sunan Kalijaga ing Mrapen Abadhi inggih punika latu abadhi, sela
bobot saha sendhang dhudha.
3. Kapitadosan bebrayan Jawi sapunika babagan Mrapen Abadhi inggih punika
latu dipunginakaken kangge upacara ritual. Tuladhanipun upacara umat
Buddha kangge mendhet api dharma ing Mrapen, pendamelan restaurant
ingkang kawitan, saha mendhet latu PON kangge lomba olahraga. Sela bobot
kangge acara ngadu nasib kanthi ngangkat selanipun. Toyanipun sendhang
83
84
dhudha dipunginakaken kangge ngobati sesakit kulit amargi toyanipun
ngandhut unsur kimia.
4. Filosofi Mrapen Abadhi katilik saking dhasar agami inggih punika
kapitadosan bebrayan Jawi punika kalebet syirik dhumateng Gusti Allah.
Menawi nyeyuwun napa kemawon punika dhumateng Gusti Allah boten
kaliyan sanesipun.
5. Bebarayan Jawi punika wonten ingkang pitados saha boten pitados. Bebrayan
Jawi ingkang pitados Mrapen Abadhi minangka barang keramat, bilih sedaya
kawontenan ingkang wonten ing Mrapen Abadhi menawi nyeyuwun ingkang
dipunpikajengaken saged kagayuh. Menawi ingkang boten pitados bilih
kawontenan Mrapen Abadhi punika pikajengan ingkang dipunsuwun
dhumateng Gusti Allah. Manungsa punika wonten ingkang nyiptakaken
semanten ugi Mrapen Abadhi punika wonten ingkang nyiptakaken. Manungsa
menggalih kawontenan kasebat kedah kemutan dhumateng Gusti Allah.
Sedaya kawontenan ing Mrapen Abadhi dipunwangsulaken dhumateng Gusti
Allah. Mrapen Abadhi minangka tandha kuwasaning Gusti Allah ingkang
patut dipusyukuri dados kabudayan Jawi tumrap bebrayan jawi.
B. Pamrayogi
1. Tumrap panaliti saged mangertos kanthi langsung kawontenan ing Mrapen
Abadhi . Tuladhanipun sendhang dhudha saged ngicali sakit lumpuh. Amargi
panaliti saged mangertos kawontenan punika lumantar cariyosipun bebrayan
Jawi ing Mrapen Abadhi saha juru kunci.
85
2. Bebrayan Jawi anggenipun nindakaken upacara ritual ing Mrapen Abadhi
ampun klentu anggenipun nyeyuwun ingkang dipunpikajengaken. Sedaya
nyeyuwun ingkang dipunpikajengaken dhumateng Gusti Allah.
3. Mrepen Abadhi ing kitha Grobogan kedah dipunjagi saha dipunlestantuaken
kanthi saestu supados kabudayan Jawi punika boten ical pramila kedah dipunuri
– uri.
KAPUSTAKAN
Basrowi & Suwandi. 2006. Metodologi Penelitian. Jakarta : PT Raja GrafindoPersada.
Ciptaprawira, Abdullah. 1986. Filsafat Jawa. Jakarta : Balai Pustaka.
Danandjaja, James. 2007. Folklor Indonesia. Jakarta : PT Pustaka Utama Grafiti.
Dinas Pemuda Olahraga Kebudayaan dan Pariwisata kitha Grobogan. Obyek –Obyek Wisata di Kota Grobogan.
Daradjat, Zakiah. 2001. Islam Untuk Disiplin Ilmu Filsafat. Jakarta : DepartemenAgama RI.
Endraswara, Suwardi. 2003. Metodologi Kebudayaan. Yogyakarta : Gadjah MadaUniversity Press.
Endraswara, Suwardi. 2006. Mistik Kejawen. Yogyakarta : Narasi.
Moloeng, Lexy J. 2008. Metodelogi Penelitian Kualitatif. Bandung : PT RemajaRosda Karya.
Mudhofir, Ali. 2001. Kamus Istilah Filsafat dan Ilmu. Yogyakarta : GadjahMada University Press.
Purwadi, Dr, M.Hum. 2007. Filsafat jawa. Yogyakarta : Cipta Pustaka.
Rubiatno. .Menyingkap Peninggalan Sunan Kalijaga di Mrapen.Etan Pasar Mintreng : Wokung Production.
Sudarsono. 2001. Ilmu Suatu Filsafat Pengantar. Jakarta : PT Rineka Cipta.
Surajiyo. 2005. Ilmu Filsafat. Jakarta : Bumi Aksara.
Surajiyo. 2007. Ilmu Filsafat dan Perkembangan di Indonesia. Jakarta : BumiAksara.
Suryabrata, Sumadi. 2006. Metodologi Penelitian. Jakarta : PT Raja GrafindoPersada.
Tafsir, Ahmad, Prof. Dr. 2006. Filsafat Ilmu mengurai Ontologi, Epistimologi,dan Aksiologi Pengetahuan. Bandung : PT Remaja Rosdakarya.
Tafsir, Ahmad, Prof. Dr. 2005. Filsafat Ilmu Umum akal dari hati sejak Thalessampai Capra. Bandung : PT Remaja Rosdakarya.
Tim Penyusun Balai Pustaka Yogyakarta. 2000. Kamus Basa Jawa( Bausastra Jawa). Yogyakarta : Kanisius.
http : //www. grobogan.com// Senin, 21 Desember 2009. 12.30 WIB.
http : //grobogan.go.id// Selasa, 18 Mei 2010. 15.00 WIB.
http : // namararina. blogspot. com// Sabtu, 5 Juni 2010. 13.00 WIB.
http : //rizal – pemalu// Sabtu, 5 Juni 2010. 13.00 WIB.
LAMPIRAN I
DAFTAR PITAKENAN WAWAN REMBAG
1. Kados pundi asal – usulipun Mrapen Abadhi punika?
2. Patilasan punapa kemawon ing Mrapen Abadhi punika?
3. Kapitadosan bebrayan Jawi babagan Mrapen Abadhi punika kados pundi?
4. Miturut panjenengan piyambak kados pundi kapitadosan para bebrayan
ing Mrapen Abadhi saking dhasar agami?
5. Miturut panjenengan piyambak pitados boten babagan kapitadosan ing
Mrapen Abadhi saha dipunparingi alasanipun?
LAMPIRAN II
DAFTAR TIYANG INGKANG DIPUNSUWUNI KATRANGAN
No Nami Papan Katrangan
1 Siti Fatonah
( 54 taun )
Dhusun Mlatih , Desa
Manggarmas RT/ RW
02/ 01
Juru Kunci
2 Mutakiyah
( 41 taun )
Dhusun Mlatih , Desa
Manggarmas RT/ RW
02/ 01
Juru Kunci
3 Gunadi
( 52 taun )
Dhusun Mlatih , Desa
Manggarmas RT/ RW
02/ 01
Juru Kunci
4 Ribudiyati
( 36 taun )
Dhusun Mlatih , Desa
Manggarmas RT/ RW
02/ 01
Bebrayan Jawi
5 Afifudin
( 42 taun )
Dhusun Mlatih , Desa
Manggarmas RT/ RW
02/ 01
Bebrayan Jawi
6 Titik
( 47 taun )
Dhusun Mlatih, Desa
Manggarmas RT/RW
02/01
Bebrayan Jawi
7 Afif
( 25 taun )
Dhusun Mlatih , Desa
Manggarmas RT/ RW
02/ 01
Bebrayan Jawi
8 Ratemi
( 55 taun )
Dhusun Mlatih , Desa
Manggarmas RT/ RW
02/ 01
Bebrayan Jawi
9 Barokah
( 22 taun )
Dhusun Mlatih , Desa
Manggarmas RT/ RW
01/ 01
Bebrayan Jawi
10 Sumiyatun Dhusun Mlatih , Desa
Manggarmas RT/ RW
Bebrayan Jawi
( 47 taun ) 01/ 01
11 Soimah
( 25 taun )
Dhusun Mlatih , Desa
Manggarmas RT/ RW
01/ 01
Bebrayan Jawi
12 Ikhsan
( 17 taun )
Dhusun Mlatih , Desa
Manggarmas RT/ RW
01/ 01
Bebrayan Jawi
13 Roudhotun Nikmah
( 25 taun )
Dhusun Mlatih , Desa
Manggarmas RT/ RW
01/ 01
Bebrayan Jawi
14 Muh. Jaidun
( 53 taun )
Dhusun Mlatih , Desa
Manggarmas RT/ RW
03/ 01
Bebrayan Jawi
15 Fatras Agus Pambudi
( 25 taun )
Dhusun Mlatih , Desa
Manggarmas RT/ RW
03/ 01
Bebrayan Jawi
16 Siti Nurkhadiroh
( 43 taun )
Dhusun Mlatih , Desa
Manggarmas RT/ RW
03/ 01
Bebrayan Jawi
17 Darmini
( 38 taun )
Dhusun Mlatih , Desa
Manggarmas RT/ RW
04/ 01
Bebrayan Jawi
18 Titin
( 28 taun )
Dhusun Mlatih , Desa
Manggarmas RT/ RW
04/ 01
Bebrayan Jawi
19 Yatemah
( 40 taun )
Dhusun Mlatih , Desa
Manggarmas RT/ RW
01/ 01
Bebrayan Jawi
20 Dewi
( 21 taun )
Dhusun Mlatih , Desa
Manggarmas RT/ RW
01/ 01
Bebrayan Jawi
21 Jumian
( 47 taun )
Dhusun Mlatih , Desa
Manggarmas RT/ RW
01/ 01
Bebrayan Jawi
22 Pendeta Soedjito
Kusumo
( 70 taun )
Semarang Panata adicara ing
upacara ritual
mendhet latu Mrapen
23 Suhadi
( 50 taun )
Dhusun Mlatih , Desa
Manggarmas RT/ RW
01/ 01
Tokoh Agami
24 Mukmin
( 80 taun )
Dhusun Mlatih , Desa
Manggarmas RT/ RW
04/ 01
Tokoh Agami
LAMPIRAN III
ASILING WAWAN REMBAG
Juru Kunci
1. Nami : Siti Fatonah
Yuswa : 54 taun
Papan : Dhusun Mlatih RT 1 RW 2, Desa Manggarmas, Kecamatan
Godong, Kabupaten Grobogan
Surya wawan rembag : 15 April 2010
Panaliti : “ Bu, niki kula badhe nyuwun pirsa babagan Mrapen Abadhi.
Kados pundi asal usulipun Mrapen Abadhi punika? ”.
Siti Fatonah : “ Batu bobot menika rumiyin umpak masjid Demak. Jaman kala
rumiyin badhe damel Masjid Demak. Umpak ketinggalan ing
alas mriki. Kangge istirahat lajeng umpakipun ketinggalan
setunggal. Ing istirahat pengen merokok, tongkatipun nujrep
medal api. Tongkatipun nujrep medal air. Umpak diusung ing
Masjid Demak. Umpak punika diginakaken kangge gembleng
pusaka. Pusaka dipunpanggang ing api lajeng dicelupake ing
air mendidih yaiku sendhang dhudha ”.
Panaliti : “ Lha, kados pundi kapitadosan utawi kepercayaan ing Mrapen
Abadhi punika? ”.
Siti Fatonah : “ Para tamu punika anggadhahi tujuan. Tujuan badhe daftarake
anake wonten ing punapa. Gadhah kepercayaan ing watu bobot.
Syarate nyebat setunggal Kyai Kalijaga, kaping kalih Kyai
Bobot, Kyai Mrapi, Empu Supo. Lajeng permintaan punapa
dipunucapake, ngangkat watu bobot. Api punika disuwuni
barokah kaliyan Maha Kuasa. Watu bobot kangge nyuwun
barokah. Banyu kepercayaan kangge obat, kangge usaha.
Mandi dipununjuk ugi saged dienggo kangge ngelapi
usahanipun ugi saged. Petani kangge nyemprot tanaman ”.
Panaliti : “ Punapa kemawon patilasan utawi peninggalan ing Mrapen
Abadhi punika? ”.
Siti Fatonah : “ Peninggalanipun batu bobot, api abadhi, air mendidih ”.
2. Nami : Mutakiyah
Yuswa : 41 taun
Papan : Dhusun Mlatih RT 1 RW 2, Desa Manggarmas, Kecamatan
Godong, Kabupaten Grobogan
Surya wawan rembag : 15 April 2010
Panaliti : “ Bu, badhe nyuwun pirsa ngengingi Mrapen Abadhi punika.
Kados pundi asal usulipun Mrapen abadhi punika? ”.
Mutakiyah : “ Rumiyin sebagai istirahat Sunan Kalijaga sewaktu mau
memboyong Kerajaan Majapahit ke Masjid Demak. Dalam
perjalanannya jauh sempat singgah di Mrapen agak lama. Orang
membutuhkan api dan air. Sunan Kalijaga menancapkan
tongkatnya keluar api dan menancapkan tongkatnya keluar air. Api
dan air digunakan untuk memasak digunakan masak yang telah
membawa bekal mentah. Sewaktu beliau dan santrinya perjalanan
sudah cukup lama akan melanjutkan perjalanan ke Demak. Salah
satu umpak diangkat merasa keberatan yang diangkat santrinya.
Sunan Kalijaga menyuruh untuk ditinggal agar besok – besok
sebagai keturunan atau batu peninggalan Sunan Kalijaga. Setelah
di Demak dicek adiknya Sunan Kalijaga yang bernama Rosowulan
tidak ada. Sunan Kalijaga berusaha mencari dan membuat
sayembara. Barang siapa yang menemukan bagi laki – laki saya
akan jodohkan kalau perempuan saya anggap saudara. Salah satu
santrinya mau meyanggupi yaitu Empu Supo. Sunan Kalijaga
menyuruh Empu Supo sebelum berangkat sayembara ke tempat
yang dahulu yaitu Mrapen Abadhi untuk membuat pusaka dan
disuruh membuat disana. Api sarana membakar besi, batu dulunya
umpak untuk menempa, air digunakan untuk menyepuh. Sekarang
airnya tidak jernih lagi, dulunya jernih karena sudah digunakan
untuk menyepuh. Airnya digunakan untuk obat sakit kulit. Airnya
mendidih tetepi tidak panas dan mengandung belerang. Sayembara
setelah selesai membuat keris terus mencari Roso Wulan. Sekarang
menjdi adik ipar yaitu Empu Supo. Empu Supo membuat pusaka
bukan hanya Sengkelat tetepi ada yang membuat keris – keris lain.
Keris yang lain ada di Demak Kadilangu ”.
Panaliti : “ Punapa kemawon patilasan utawi peninggalan ing Mrapen
Abadhi? ”.
Mutakiyah : “ Api Mrapen, batu bobot, air yaitu sendhang dhudha ”.
Panaliti : “ Kados pundi kapitadosan utawi kepercayaan masyarakat ing
mriki ngengingi Mrapen Abadhi? ”.
Mutakiyah : “ Bagi orang – orang yang percaya. Api sebagai menyalakan api
pembuatan restaurant pertama kali dan Api PON. Batu istilah
menandakan tujuan apa dilaksanakan bagus atau tidak. Caranya
mengangkat batu bagus atau tidak bisa terkabul. Air sendhang
sebagai obat kulit digunakan untuk mandi. Diambil di kamar mandi
untuk mandi, penyakit dalam bisa diminum. Pertanian sebagai
campuran menyemprot tanaman, peternakan sarana membersihkan
kandhang pertama. Bagi yang percaya atau tidak itu tergantung
orangnya, tetapi banyak orang yang percaya ”.
Panaliti : “ Sampun wonten bukti ingkang kedadosan punika saged kados
mekaten? ”.
Mutakiyah : “ Berobat kemana – mana tidak sembuh. Dengan air itu diambil
dengan telaten. Setelah habis ngambil lagi, ya sembuh. Orangnya
dari Cilacap, Godhong juga ada. Sarana sakit jiwa, lupa dirinya
sendiri dimandikan disitu. Alhamdulilah disembuhkan Allah SWT.
Kalau watu bobot caranya nangkletaken suatu tujuan apa. Ini
dilaksanakan atau tidak. Dilanjutkan ngangkat kuwat atau tidak
goyah sama sekali. Kalau tidak ada juga ada yang mengulangi
kembali tetapi tidak bisa ”.
Panaliti : “ Syarat – syarate ing watu bobot punapa kemawon? ”.
Mutakiyah : “ Niat, bunga yang disediakan kenanga, mawar, kanthil punika
kangge ritual ”.
Wawan Rembag Surya 25 Mei 2010
Panaliti : “ Kados pundi tata upacara ritual ing api abadhi? ”.
Mutakiyah : “ Tata cara upacara ritual di Mrapen Abadhi untuk mengambil api
mrapen yaitu salam buat Sunan Kalijaga, Kyai Mrapi dan Nyi
Mrapi, menaburkan bunga mawar, kenanga dan cempaka kemudian
obong kemenyan, niat mengambil api untuk keperluan apa. Misal
untuk mengambil api mendirikan restaurant yang pertama,
selanjutnya berdoa dan mengambil api mrapen ”.
Panaliti : “ Kados pundi menawi tata upacara ing batu bobot? ”.
Mutakiyah : “ Kalau watu bobot upacara ritualnya, Salam untuk Sunan
Kalijaga, Kyai Bobot dan Nyai Bobot, duduk bersila, menabur
bunga mawar, kenanga dan cempaka. Kemudian berziarah atau
kirim doa. Niat mengangkat batu bobot, misal untuk mendaftar
polisi. Berdoa apa yang diharapkan dan mengangkat batu bobot ”.
Mutakiyah : “ Kalau di sendhang dhudha salam kepada Sunan Kalijaga, Kyai
Sendhang Dhudha dan Nyi Sendhang Dhudha. Setelah itu menabur
bunga mawar, kenanga, cempaka. Niat mengambil air sendhang
dhudha, misal niat mengambil air untuk mengobati sakit gatel.
Berdoa menyebutkan keinginan yang diminta. Selanjutnya
mengambil air untuk sendhang dhudha. Kalau yang pengambilan
API PON itu tidak ada upacara ritual mbak. Biasanya mengambil
api secara langsung disertai tarian khas daerah. Yaitu tari
gambyong ”.
Panaliti : “ Kados pundi kapitadosan masyarakat mriki babagan ngangkat
batu bobot? ”.
Mutakiyah : “ Kepercayaan masyarakat yang mempercayai untuk usaha
sukses, menyembuhkan orang sakit, calonan perangkat, daftar
pegawai, daftar sekolahan, minta keturunan, minta jodho ”.
Wawan Rembag Surya 13 Juni 2010
Panaliti : “ Kados pundi kawontenan api abadhi punika? ”.
Mutakiyah : “ Di jaman dahulu tempat Mrapen sebelum di paving apinya
menjalar ke pori – pori tanah. Kalau sekarang sudah pavingan, jadi
sumbernya menjadi satu. Keadaan api sudah mengecil dan
diatasnya diberi batu kapur. Tujuanya yaitu pada waktu siang
pengunjung yang melihat tidak berbahaya. Kalau musim hujan
tidak pernah mati. Kadang kalau ada angin besar pernah hilang.
Supaya apinya bisa muncul lagi dengan cara menyalakan api
diatasnya dengan korek. Orang yang menyalakan api harus hati –
hati karena apinya dapat menyambar secara langsung. Tingginya
api kurang lebih 20 cm. Kalau waktu siang api tidak kelihatan,
bentuknya seperti gas elpiji yang warnanya kebiru – biruan ”.
Panaliti : “ Kados pundi kawontenan ing sela bobot punika utawi batu
bobot? ”.
Mutakiyah : “ Untuk batu bobot bentuknya seperti cangkang kura – kura.
Warnanya hitam kecoklatan dan ditali dengan tali plastik. Jaman
dahulu ada orang yang memaksa mengangkat, kemudian
dijatuhkan begitu saja dan pecah menjadi lima bagian. Orang yang
mengangkat adalah orang Cina. Batu bobot dibuatkan rumah kecil
yang menyerupai rumah joglo, kira – kira ukuranya 3 x 3 m. Batu
bobot disisi bawahnya berlubang. Tengahnya berlubang pada
jaman dahulu untuk porosan tiang, bentuknya persegi. Jaman
dahulu santrinya membawa umpak banyak, tetapi ada satu umpak
yang dibawa berat banget sehingga ditinggal di Mrapen. Jadi batu
tersebut dinamakan batu bobot karena berat banget ”.
Panaliti : “ Menawi kados pundi kawontenan toyanipun sendhang dhudha
punika? ”.
Mutakiyah : “ Warnanya air sendhang dhudha tidak jernih karena ada
gelembung yang keluar dari dalam tanah. Pada waktu musim
penghujan airnya banyak karena ada campuran air hujan. Kalau
musim kemarau airnya sedikit dan tidak pernah habis. Dalamnya
air kira - kira 1,5 m dan garis tengahnya 5 m. Rasanya tawar dan
asin. Untuk baunya busuk ”.
3. Nami : Gunadi
Yuswa : 52 taun
Papan : Dhusun Mlatih RT 2 RT 1, Desa Manggarmas, Kecamatan
Godong, Kabupaten Grobogan
Surya wawan rembag : 13 Juni 2010
Panaliti : “ Punapa kemawon patilasan utawi peninggalan Sunan Kalijaga
ing Mrapen Abadhi? ”.
Gunadi : “ Patilasan Sunan Kalijaga ing Mrapen Abadhi inggih punika latu
abadhi, sela bobot, sendhang dhudha ”.
Panaliti : “ Kados pundi kawontenan ing Api Abadhi punika? ”.
Gunadi : “ Api mrapen merupakan gas yang keluar dari tanah. Apinya
seperti gas elpiji. Pada tahun 1996 batu kapur diatas api mrapen
sampai batunya panas banget. Warnanya batu kapur merah
membara. Jadi dapat dikatakan apinya sangat besar. Kalau
sekarang tidak, hal yang menyebabkan gas didalam tanah mampet.
Keadaan diatas api abadhi dikasih batu kapur. Saya pernah mencari
sumber api didalam tanah. Ketika sudah ketemu sumber apinya,
akan tetapi apinya keluar dari sisi sampingnya. Saya mencoba lagi
dan sudah ketemu sumbernya api, akan tetapi yang keluar juga dari
sisi sampingnya. Maka saya tidak pernah lagi mencari sumber api
tersebut ”.
Panaliti : “ Kados pundi kawontenan batu bobot punika? ”.
Gunadi : “ Batu bobot warnanya hitam, beratnya kurang lebih 20 Kg.
Bentuknya seperti blangkon atau cangkang kura-kura. Sela bobot
sekarang sudah pecah kemudian diikat dengan tali plastik.
Masyarakat jawa kalau mengangkat batu bobot harus mempunyai
keyakinan yang tinggi. Hal tersebut untuk menentukan apakah hal-
hal yang diharapkan sesuai dengan keinginannya. Kata yang sama
seperti kata istikharah. Yaitu mencari petunjuk apa yang cocok hal-
hal yang akan dilakukan ”.
Panaliti : “ Kados pundi kawontenan sendhang dhudha punika? ”.
Gunadi : “ Airnya sendhang dhudha merupakan gas yang keluar dari dalam
tanah. Gelembung airnya seumpama dinyalakan dengan api dapat
terbakar. Jadi ada kaitannya dengan api mrapen. Warnaya air
sering berubah-ubah seperti hijau dan kuning. Sekarang ini
warnanya coklat. Hal yang menyebabkan terjadinya tersebut
karena sumber didalam tanah. Baunya air busuk. Kedalaman air
kurang lebih 1 m. Pada saat musim penghujan airnya banyak dan
pada musim kemarau airnya sedikit. Air sendhang dhudha bisa
habis. Setelah itu airnya diisi kembali ”.
Bebrayan Jawi
1. Nami : Ribudiyati
Yuswa : 36 taun
Papan : Dhusun Mlatih RT 2 RT 1, Desa Manggarmas, Kecamatan
Godong, Kabupaten Grobogan
Surya wawan rembag : 15 April 2010
Panaliti : “ Asal usulipun Mrapen Abadhi punika kados pundi? ”.
Ribudiyati : “ Sejarah Mrapen peninggalan Sunan Kalijaga perjalanan dari
Majapahit ke Demak. Majapahit runtuh pindah ke Demak terus
mampir ke Mrapen. Mungkin hidup membutuhkan air dan api atau
apalah. Sunan Kalijaga menancapkan tongkatnya keluar api dan
air. Batu bobot ditingggal dari Majapahit ke Demak ditinggal
disini. Tidak tahu sengaja atau ditinggal ”.
Panaliti : “ Kangge punapa batu punika? ”.
Ribudiyati : “ Jum’at Kliwon punika kangge upacara ritual. Masyarakat yakin
batu bobot dikeramatkan. Air digunakan ngobati sagala penyakit
kulit ”.
Panaliti : “ Api punika kangge punapa bu? ”.
Ribudiyati : “ Sakniki? ”.
Panaliti : “ Inggih sakniki ”.
Ribudiyati : “ Sakniki dienggo wisata. Ritual umat Budha buat pengambilan
api ”.
Panaliti : “ Lha kados pundi caranipun ngangkat batu punika? ”.
Ribidiyati : “ Mengangkat batu dengan juru kunci dan minta yang kuasa ”.
Panaliti : “ Kapan bu? ”.
Ribudiyati : “ Paling banyak jum’at kliwon ”.
Panaliti : “ Kathah bu? ”.
Ribudiyati : “ Banyak tidak ditarget, banyaknya di jum’at kliwon ”.
Panaliti : “ Lha niku bu turene sasi syura ugi wonten? ”.
Ribudiyati : “ Bulan syura tanggal 1 – 10 full yang berkunjung. Biasanya yang
berkunjung orang – orang lama. Mriki orang Pati, Jepara,
Rembang. Kilen: Weleri, Kendal, Pekalongan ”.
Panaliti : “ Lha kidul bu? ”.
Ribudiyati : “ Kidul Yogya, Solo, Sragen ”.
Panaliti : “ Kados pundi kapitadosan toyanipun? ”.
Ribudiyati : “ Obat penyakit kulit. Air wonten gas belerang karena airnya
masuk posisinya rendah ”.
Panaliti : “ Punapa wonten buktine bu? ”.
Ribudiyati : “ Lumpuh. Mandi disini sembuh, mungkin terlalu yakin ”.
Panaliti : “ Menawi watu bobot ? ”.
Ribudiyati : “ Setahu saya terkabul pada syukuran disini ”.
Panaliti : “ Menawi boten terkabul bu? ”.
Ribudiyati : “ Biasanya syukuran disini kalau tidak ya tidak. Syukuran atau
bentuk yang lain kurang tahu ”.
Panaliti : “ Hikmah punapa ingkang dipunpundhut ing Mrapen Abadhi
punika? ”.
Ribudiyati : “ Terutama pengunjung ke Mrapen yang mempunyai kepentingan
khusus atau pribadhi tidak salah dalam meminta dengan batu yang
lain. Minta kepada yang kuasa atau Allah. Air diciptakan Allah.
api, air cuma lantaran ”.
Panaliti : “ Kados pundi nyeyuwun ingkang sae? ”
Ribudiyati : “ Kalau meminta lewat juru kunci. Kadang kadang ada yang
langsung meminta. Yang saya khawatirkan mangke salah ”.
2. Nami : Afifudin
Yuswa : 42 taun
Papan : Dhusun Mlatih RT 2 RW 1, Dusun Manggarmas, Kecamatan
Godong, Kabupaten Grobogan
Surya wawan rembag : 15 April 2010
Panaliti : “ Niku kan kepercayaan masing – masing. Api, batu bobot, toya
mendidih ing Mrapen kangge sejarah kemawon. Ewondene kangge
ini dan itu supaya sugih, usaha laris, penyakit saged wantun,
sadean saged laris niku namung kepercayaan piyambak –
piyambak. Niku namung pasrah kaliyan Allah, niku sekedar
lantaran peninggalan Sunan Kalijaga. Miturut kula namung
lantaran. Nyuwun kaliyan Gusti Allah lantaran Sunan Kalijaga.
Api, batu tergantung kepercayaan. Miturut kula boten percaya
amargi enten sing ngatur. Nyuwun kaliyan Allah lantaran Sunan
Kalijaga menawi wonten barokah ”.
3. Nami : Titik
Yuswa : 47 taun
Papan : Dhusun Mlatih RT 2 RW 1, Dusun Manggarmas, Kecamatan
Godong, Kabupaten Grobogan
Surya wawan rembag : 15 April 2010
Panaliti : “ Miturut panjenengan hikmah punapa ingkang kakandhut ing
Mrapen Abadhi punika? ”.
Titik : “ Tergantunglah sama kepercayaan, meminta sama Allah ”.
Panaliti : “ Lha wonten buktine kaliyan watu bobot saged sukses punika
kados pundi ? ”.
Titik : “ Niku lantaran, nyeyuwun kaliyan Allah ”.
4. Nami : Afif
Yuswa : 25 taun
Papan : Kecamatan Godong
Surya wawan rembag : 15 April 2010
Panaliti : “ Miturut panjenengan hikmah ingkang kakandhut ing Mrapen
Abadhi punika punapa? ”.
Afif : “ Pripun, tempat rekreasi umume dienggo pacaran ”.
Panaliti : “ Sendhang dhudha, watu bobot, api abadhi gegayutan kaliyan
alam kados pundi? ”.
Afif : “ Sakit pengen sembuh ikhtiyar. Percaya niki saged sembuh lha
ana buktine. Percaya saged sembuh ”.
Panaliti : “ Kados pundi kedahipun gegayutan punika? ”.
Afif : “ Kabeh sing nyiptakake ”.
5. Nami : Ratemi
Yuswa : 55 taun
Papan : Dhusun Mlatih RT 1 RW 1, Desa Manggarmas, Kecamatan
Godong, Kabupaten Grobogan.
Surya wawan rembag : 15 April 2010
Panaliti : “ Hikmah ingkang saged dipunpundhut ing Mrapen Abadhi
miturut panjenengan kados pundi? ”.
Ratemi : “ Lha pripun? Nak nyeyuwun kaliyan Gusti Allah. Boten nyuwun
Nyi Bobot neng nyuwun kaliyan Gusti Allah ”.
Panaliti : “ Lha kedahe kados pundi bu? ”.
Ratemi : “ Lha lantaran Nyi Bobot. Nyuwun ing Mrapen kaliyan watu
bobot ngangkat kaliyan sing dijunjung ”.
Panaliti : “ Lha panjenengan nate ing mriku? ”.
Ratemi : “ Boten nate. Boten ngerti nyuwun kaliyan Nyi Bobot. Ing mriku
wonten juru kuncine dadi diwarai ing mriku ”.
6. Nami : Barokah
Yuswa : 22 taun
Papan : Dhusun Mlatih RT 1 RW 1, Desa Manggarmas, Kecamatan
Godong, Kabupaten Grobogan.
Surya wawan rembag : 15 April 2010
Panaliti : “ Miturut panjenengan hikmah ingkang kakandhut ing Mrapen
Abadhi punika punapa? ”.
Barokah : “ Masyarakat datang kesitu. Mempunyai keinginan untuk
meminta kesitu mempunyai tujuan terkabulkan yang dilakukan
disitu membawa bunga – bunga ada watu bobot dengan duduk
bersila, mengangkat batu dengan memanjatkan doa. InsyaAllah
lewat perantara doa yang diinginkan terkabul ”.
Panaliti : “ Panjenengan pitados boten ing Mrapen? ”.
Barokah : “ Percaya marang Gusti Allah. Ya percaya tidak percaya ”.
Panaliti : “ Alasanipun punapa? ”
Barokah : “ Faktor alam tetapi keunikan ing sendhang dhudha dipercaya
masyarakat airnya dingin biasa, unthuke blekuthuk – blekuthuk
saged disumet geni. Toyanipun bisa ngobati penyakit kulit. Api
abadhi bertahun – taun murup abadhi ”.
Panaliti : “ Boten saged pejah? ”..
Barokah : “ Kadhang ketingal api, kadhang boten ”.
7. Nami : Sumiyatun
Yuswa : 47 taun
Papan : Dhusun Mlatih RT 1 RW 1, Desa Manggarmas, Kecamatan
Godong, Kabupaten Grobogan
Surya wawan rembag : 15 April 2010
Panaliti : “ Miturut panjenengan hikmah saking kapitadosan ing Mrapen
Abadhi punapa? ”.
Sumiyatun : “ Toya nambani segala penyakit. Dipunpundhut unthuke inggih
saged. Percaya malih watu diangkat ping telu kuwat terus awujud
utawi terkabul. Sedaya kangge lantaran percaya kaliyan Gusti ”.
Panaliti : “ Lha kedah kados pundi? ”.
Sumiyatun : “ Kedah percaya kaliyan Gusti, niku namung damel lantaran ”.
8. Nami : Soimah
Yuswa : 25 taun
Papan : Dhusun Mlatih RT 1 RW 1, Desa Manggarmas, Kecamatan
Godong, Kabupaten Grobogan
Surya wawan rembag : 15 April 2010
Panaliti : “ Miturut panjenengan piyambak kados pundi kapitadosan utawi
kepercayaan ngengingi Mrapen Abadhi punika? ”.
Soimah : “ Nak kula boten percaya. Nak wong adoh sing mriku inggih
percaya sing pengen sugih. Percayane kula namung kaliyan Gusti
Allah ”.
9. Nami : Ikhsan
Yuswa : 17 taun
Papan : Dhusun Mlatih RT 1 RW 1, Desa Manggarmas, Kecamatan
Godong, Kabupaten Grobogan
Surya wawan rembag : 15 April 2010
Panaliti : “ Miturut panjenengan piyambak kados pundi kapitadosan utawi
kepercayaan ngengingi Mrapen Abadhi punika? ”.
Ikhsan : “ Menurut saya Mrapen Abadhi situs bersejarah harus dilestarikan
karena mengandung nilai – nilai sejarah karena Mrapen
peninggalan Sunan Kalijaga. Lingkungan dibenahi seperti yang
dulu, ada mainan, wahana bermain. Sekarang tidak terawat menjadi
kumuh ”.
Panaliti : “ Miturut panjenengan kapitadosipun kados pundi? ”.
Ikhsan : “ Percaya tidak percaya harus percaya. Menurut islam percaya
gituan dinamakan musyrik. Percayanya banyak yang berkunjung
ada bukti ”.
Panaliti : “ Kedahipun kados pundi? ”.
Ikhsan : “ Saya percaya sebatas wajar dan tidak begitu yakin ”.
Panaliti : “ Lha panjenengan pitados boten? ”.
Ikhsan : “ Percaya pada Allah. Saya yakin sama Sunan Kalijaga waliyullah
karena mempunyai ilmu tinggi ”.
10. Nami : Roudhotun Nikmah
Yuswa : 25 taun
Papan : Dhusun Mlatih RT 1 RW 1, Desa Manggarmas, Kecamatan
Godong, Kabupaten Grobogan
Surya wawan rembag : 15 April 2010
Panaliti : “ Hikmah ingkang kakandhut ing Mrapen Abadhi punika punapa
miturut panjenengan piyambak? ”.
Roudhotun : “ Wisata, nyembah watune. Kepercayaan pegen sugih, sakit
mendhet toya banyu umup kangge tamba penyakit ”.
Panaliti : “ Lha kedah kados pundi kapitadosan punika? ”.
Roudhotun : “ Boten nate ing mriku, pengen waras nyuwun Gusti Allah ”.
Panaliti : “ Nate mendhet toya saking sendhang dhudha? ”.
Roudhotun : “ Nate mundhut toya sendhang dhudha boten saged mari. Pernah
mendhet toya saking adike penyakit kulit gatel inggih boten saged.
Niku jodho – jodhoan ”.
11. Nami : Jaidun
Yuswa : 53 taun
Papan : Dhusun Mlatih RT 3 RW 1, Desa Manggarmas, Kecamatan
Godong, Kabupaten Grobogan
Surya wawan rembag : 15 April 2010
Panaliti : “ Miturut panjenengan kados pundi kapitadosan ngengingi
Mrapen punika? ”.
Jaidun : “ Kepercayaan wong adoh ya percaya. Wong kene wong cedhak
ora percaya. Aku biyasa – biyasa wae ”.
Panaliti : “ Panjenengan pitados kaliyan sinten? ”.
Jaidun : “ Ora percaya, percaya kaliyan Gusti Allah. Nak banyu aku
percaya, banyune ngandung belerang. Banyu kuwi ora kepercayaan
merga kados panu lan sepiturute amarga alami ”.
Panaliti : “ Lha niku wonten ngangkat batu punika kados pundi? ”.
Jaidun : “ Ora percaya, aku percaya banyu belerang amarga faktor alam,
wong adoh ya ngana kuwi ”.
12. Nami : Fatras Agus Nurpambudi
Yuswa : 25 taun
Papan : Dhusun Mlatih RT 2 RW 1, Desa Manggarmas, Kecamatan
Godong, Kabupaten Grobogan
Surya wawan rembag : 15 April 2010
Paniliti : “ Miturut panjenengan piyambak kados pundi kapitadosan ing
Mrapen Abadhi punika? ”.
Fatras : “ Percaya tidak percaya ”.
Panaliti : “ Percaya tidak percaya alesanipun punapa? ”.
Fatras : “ Tergantung tiyange yang mempercayai. Disitu ada apanya. Saya
sendiri tidak percaya. Disitu minta sama batu, tetapi minta sama
yang kuasa. Minta sama yang kuasa bukan sama batu ”.
Panaliti : “ Sinten kemawon ing Mrapen Abadhi ingkang pitados? ”.
Fatras : “ Udah disitu tetap percaya, sering Jum’at Kliwon. Pada disitu
minta, berhasil pada syukuran ”.
Panaliti : “ Panjenengan piyambak pitados boten? ”.
Fatras : “ Saya tidak percaya ”.
13. Nami : Siti Nurkhadiroh
Yuswa : 43 taun
Papan : Dhusun Mlatih RT 2 RW 1, Desa Manggarmas, Kecamatan
Godong, Kabupaten Grobogan
Surya wawan rembag : 15 April 2010
Paniliti : “ Miturut panjenengan piyambak kados pundi kapitadosan ing
Mrapen Abadhi punika? ”.
Siti : “ Orang jauh disitu berhasil. Ibu tidak percaya seperti itu. Semua
menurut kepercayaan sendiri. Kepercayaan minta sama Tuhan.
Sakit tidak sakit Tuhan yang ngasih ya....”.
Panaliti : “ Miturut panjenengan piyambak pitados boten? ”.
Siti : “ Dibilang percaya gimana ya...aneh, tidak percaya, minta sama
batu. Menurut pribadhi orang lain – lain sendiri – sendiri. Menurut
pribadhi ibu tidak percaya ”.
14. Nami : Darmini
Yuswa : 38 taun
Papan : Dhusun Mlatih RT 4 RW 1, Desa Manggarmas, Kecamatan
Godong, Kabupaten Grobogan
Surya wawan rembag : 15 April 2010
Paniliti : “ Miturut panjenengan piyambak kados pundi kapitadosan ing
Mrapen Abadhi punika? ”.
Darmini : “ Boten percaya. Parcaya kaliyan Gusti Allah ”.
Panaliti : “ Toyanipun kok saged nyembuhake penyakit lha kados pundi
niku? ”.
Darmini : “ Toyanipun nyembuhake penyakit percaya. Kangge obat gatel,
adus toyanipun mengandung belerang ”.
Panaliti : “ Panjenegan nate mendhet toyanipun bu? ”.
Darmini : “ Boten nate ”.
Panaliti : “ Nate ngangkat watu bobot? ”.
Darmini : “ Nggih boten nate ”.
15. Nami : Titin
Yuswa : 28 taun
Papan : Dhusun Mlatih RT 4 RW 1, Desa Manggarmas, Kecamatan
Godong, Kabupaten Grobogan
Surya wawan rembag : 15 April 2010
Paniliti : “ Miturut panjenengan piyambak kados pundi kapitadosan ing
Mrapen Abadhi punika? ”.
Titin : “ Pancen nggih mrapen kathah damel kepercayaan. Watu bobot
jarene saged ngangkat nyuwun jodho ayu, watune bisa sugih,
gadhah penyakit, sembuh saged terkabul ”.
Panaliti : “ Lha panjenengan piyambak pitados boten? ”.
Titin : “ Percaya nggih boten ”.
Panaliti : “ Alesane? ”.
Titin : “ Percaya bener – bener terkabul. Boten percaya kula dereng nate
ing mriku. Menurut saya segala sesuatu dari Allah. Pitados kaliyan
Gusti Allah ”.
Panaliti : “ Menawi toyanipun? ”.
Titin : “ Toyanipun panas mengandung belerang. Diminum bisa sembuh
karena ilmiah ”.
16. Nami :Yatemah
Yuswa : 40 taun
Papan : Dhusun Mlatih RT 1 RW 1, Desa Manggarmas, Kecamatan
Godong, Kabupaten Grobogan.
Surya wawan rembag : 15 April 2010
Paniliti : “ Miturut panjenengan piyambak kados pundi kapitadosan ing
Mrapen Abadhi punika? ”.
Yatemah : “ Asli percaya ”.
Panaliti : “ Menawi penyakit kulit kok saged mari punika kados pundi? ”.
Yatemah : “ Penyakit kadang jodho kadhang boten. Jodho wantun nak boten
jodho boten wantun ”.
Panaliti : “ Tiyang mriki nate mendhet toyanipun? ”.
Yatemah : “ Tiyang mriki boten jodho ”.
Panaliti : “ Alesane napa bu? ”.
Yatemah : “ Alasane boten genah, boten jodho kemawon ”.
Panaliti : “ Panjenengan pitados bu? ”.
Yatemah : “ Niku namung jodho – jodhoan ”.
17. Nami : Dewi
Yuswa : 21 taun
Papan : Dhusun Mlatih RT 1 RW 1, Desa Manggarmas, Kecamatan
Godong, Kabupaten Grobogan.
Surya wawan rembag : 15 April 2010
Paniliti : “ Miturut panjenengan piyambak kados pundi kapitadosan ing
Mrapen Abadhi punika? ”.
Dewi : “ Boten percaya sih mbak....”.
Panaliti : “ Alasane boten pitados punapa? ”.
Dewi : “ Nggih boten percaya ”.
Panaliti : “ Lha pitados kaliyan sinten? ”.
Dewi : “ Allah SWT ”.
18. Nami : Jumian
Yuswa : 47 taun
Papan : Dhusun Mlatih RT 1 RW 1, Desa Manggarmas, Kecamatan
Godong, Kabupaten Grobogan.
Surya wawan rembag : 15 April 2010
Paniliti : “ Miturut panjenengan piyambak kados pundi kapitadosan ing
Mrapen Abadhi punika? ”.
Jumian : “ Kepercayaan tiyang masing – masing, tiyang tebih percaya.
Mrapen patilasan kemawon. Patilasan wali Sunan Kalijaga nak
boten klentu. Barang keramat kedah percaya ”.
Panaliti : “ Panjenengan piyambak pitados? ”.
Jaidun : “ Lair wis ana niku, dadi ya percaya ”.
19. Nami : Pendeta Soedjito Kusumo
Yuswa : 70 taun
Papan : Semarang ( Dewan Pengurus Pusat WALUBI )
Surya wawan rembag : 25 Mei 2010
Panaliti : “ Kados pundi piranti kangge mendhet api dharma punika? ”.
Soedjito : “ Patung Buddha maknanya sang Buddha yang dihormati. Lilin
ada 5 macam yang artinya penerangan, kebajikan, setia, suci, dan
semangat. Bunga mempunyai makna tidak abadhi seperti manusia
tidak abadhi. Air maknanya suci. Buah maknanya jaga tidak
abadhi. Dupa maknanya wewangian. Buah dan bunga yang
disediakan untuk upacara ritual apa saja ”.
Panaliti : “ Kados pundi nindakaken prosesi upacara mendhet api dharma
punika? ”.
Soedjito : “ Walubi kan terdiri dari berbagai majelis. Jadi yang ikut
melakukan upacara ritual perwakilan dari berbagai majelis.
Caranya masing – masing majelis melakukan upacara ritual secara
bergiliran dan mengucapkan mantra – mantra. Seperti Sangha
Theravada mereka menggunakan bahasa pali dan sansekerta.
Selanjutnya berdoa kepada sang Buddha. Kemudian perwakilan
majelis mengambil Api Mrapen secara bersamaan. Setelah itu api
di bawa ke Candi Borobudur untuk prosesi Waisak bagi umat
Buddha ”.
Tokoh Agami
1. Nami : Suhadi
Yuswa : 50 taun
Papan : Dhusun Mlatih RT 1 RW 1, Desa Manggarmas, Kecamatan
Godong, Kabupaten Grobogan
Surya wawan rembag : 15 April 2010
Paniliti : “ Miturut panjenengan piyambak kados pundi kapitadosan ing
Mrapen Abadhi saking sagi agama punika kados pundi? ”.
Suhadi : “ Kepercayaan wonten werni kalih. Sepisan dilihat perilaku
orang, sifatnya syirik, tapi semua tergantung niatipun. Amal
biniyah. Mrapen niku situs peninggalan Sunan Kalijaga dan
menempati Mrapen Demang Singa Dirana. Demang Singa Dirana
mempunyai 2 anak, 2 laki – laki yang menempati Mrapen. Demang
Singa Semita mempunyai 2 anak Demang Kerta Semita. Demang
Kerta Semita mempunyai 12 anak yang menempati Mrapen
Demang Kerta Semita. Demang Kerta Semita mempunyai 2 anak
ini yang sudah yang kelima yang menempati Mrapen Demang
Kerta Leksana. Demang Kerta Leksana mempunyai 3 anak, 2
perempuan dan satu laki – laki yang menempati Mrapen Putra
Dirana dan ditempati Mbah Parmi dan sekarang anak – anaknya.
Dari segi agama minta sama batu syirik. Tinggal kita ke Mrapen
mendekat dengan Sunan Kalijaga diperbolehkan tapi minta sama
Allah dimaksudkan dekat dengan Sunan Kalijaga ”.
Panaliti : “ Babagan toyanipun punika saged nyembuhake penyakit, punika
kados pundi? ”.
Suhadi : “ Toyanipun mengandung belerang. Lha panu wingi tak obati ya
mari. Obat – obat iku campurane belerang, yang menyembuhkan
Allah. Mediasi lewat dokter, barang boleh ”.
2. Nami : Mukmin
Yuswa : 80 taun
Papan : Dhusun Mlatih RT 4 RW 1, Desa Manggarmas, Kecamatan
Godong, Kabupaten Grobogan
Surya wawan rembag : 15 April 2010
Panaliti : “ Miturut panjenengan kapitadosan utawi kepercayaan ngengini
Mrapen Abadhi saking segi agama kados pundi? ”.
Mukmin : “ Boten percados ”.
Paniliti : “ Alesanipun? ”.
Mukmin : “ Sanes boten alesan agami. Kadhang sok nyimpen aliran,
nyekutokake Gusti Allah. Agami punika dipunlarang ”.
Panaliti : “ Miturut panjenengan kados pundi? ”.
Mukmin : “ Boten percados. Percados geni, watu mangke ing mriku
nyekuthoke Gusti Allah. Nyembah watu disameake kaliyan Gusti
Allah ”.
Panaliti : “ Lha masyarakat punika sampun percados, punika kedah kados
pundi? ”.
Mukmin : “ Boten percados samudana dipunanggep sae. Wonten caranipun
niki dibela niki boten ”.
Panaliti : “ Masyarakat ing mriki kados pundi kapitadosanipun? ”.
Mukmin : “ Seratus persen umumipun masyarakat ing mriki Islam. Seratus
persen aliranipun ahli sunnah waljamaah. Boten agami boten aliran
sanes. Percados kaliyan Gusti Allah melulu ”.
LAMPIRAN IV
FOTO MRAPEN ABADHI
Mrapen Abadhi
Sela Bobot
Sendhang Dhudha
LAMPIRAN V
PETA GROBOGAN
LAMPIRAN VI
PAPAN MRAPEN ABADHI