upacara tumpeng sanga salebeting tradhisi · pdf filereferensi sanesipun ugi dokumentasi...

96
UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI “GREBEG BESAR” TLATAH BINTORO DEMAK Satunggaling Pangrembag Semiotika SKRIPSI Dening UMI KULSUM NPM 06430044 PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI IKIP PGRI SEMARANG 2010

Upload: lamminh

Post on 23-Feb-2018

309 views

Category:

Documents


11 download

TRANSCRIPT

Page 1: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI

“GREBEG BESAR” TLATAH BINTORO DEMAK

Satunggaling Pangrembag Semiotika

SKRIPSI

Dening

UMI KULSUM

NPM 06430044

PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI

IKIP PGRI SEMARANG

2010

Page 2: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI

“GREBEG BESAR” TLATAH BINTORO DEMAK

Satunggaling Pangrembag Semiotika

SKRIPSI

Dipunajengaken Minangka Syarat Kangge Njangkepi

Gelar Sarjana Pendidikan Bahasa Dan Sastra Jawa

IKIP PGRI SEMARANG

Dening

UMI KULSUM

NPM 06430044

PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI

IKIP PGRI SEMARANG

2010

Page 3: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

KACA PASARUJUKAN

SKRIPSI

UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI

“GREBEG BESAR” TLATAH BINTORO DEMAK

Satunggaling Pangrembag Semiotika

Ingkang kasusun dipunajengaken dening

UMI KULSUM

NPM 0630044

Sampun dipunsarujuki dening Pambimbing lan saged kawontenaken pandadaran

skripsi surya kaping 10 Agustus 2010

Pambimbing I, Pambimbing II,

Dr. Bengat, M.Pd. Sunarya, S.S.

NPP 084301217 NPP 096801243

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI

IKIP PGRI SEMARANG

Page 4: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

KACA PANGESAHAN

SKRIPSI

UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI

“GREBEG BESAR” TLATAH BINTORO DEMAK

Satunggaling Pangrembag Semiotika

Ingkang kasusun dipunajengaken dening

UMI KULSUM

NPM 06430044

Sampun dipundadar ing sangajengipun Dewan Penguji

Surya kaping 10 Agustus 2010

Dewan Penguji

Pangarsa, Panyitra,

Dra. Sri Suciati, M. Hum. Dra. HR. Utami, M. Hum

NIP 196503161990032002 NPP 906301071

Anggota Penguji:

1. Dr. Bengat, M.Pd. ( )

NPP 084301217

2. Sunarya, S. S. ( )

NPP 096801243

3. Sutadi, S. Pd, M. Pd. ( )

NIP 196705041990031012

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI

IKIP PGRI SEMARANG

Page 5: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

SESANTI LAN PISUNGSUNG

Sesanti:

~ Aja sira nacad piyandeling liyan,

jalaran durung mesthi piyandel ira

iku sing bener dhewe.

~ Janganlah kamu agungkan kekayaan dan kecantikan

serta ketampanan semata karena semua itu tidak

akan kekal dan abadi kecuali ilmu

yang telah kamu amalkan dan kamu dapatkan.

Pisungsung:

Skripsi punika katujukaken dhumateng:

- Bapa lan Ibu ingkang sampun saha donga.

- Kaluwarga Besar Hj. Semi Mawarti lan H. Masykuri ugi

Aby manfaat alwany ingkang tansah nyemangati.

- Kanca-kanca angkatan 2006 mliginipun kelas A

ingkang sampun biyantu lan sesarengan sinau ing IKIP

PGRI Semarang.

- Kanca-kanca kos Rejosari Gang 08 Semarang mliginipun

kanca-kanca TIM Es Lidah Kacau PIMNAS XXIII Taun

2010 ingkang sampun paring motivasi.

Page 6: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

SARI PATHI

Umi Kulsum. NPM 06430044. “Upacara Tumpeng Sanga Salebeting Tradhisi“Grebeg Besar” Tlatah Bintoro Demak: Satunggaling PangrembagSemiotika ”. Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa.Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni. IKIP PGRI Semarang. 2010.Pembimbing I Dr. Bengat, M.Pd. Pembimbing II Sunarya, S.S.

Tembung wos : Satunggaling pangrembag semiotika: wujud, tandha lan maknalambang Tumpeng Sanga.

Rancangan momotan wonten ing panaliten inggih punika kados pundiwujud, tandha, makna lambang utawi simbol tumpeng sanga lan prosesi upacaratumpeng sanga salebeting tradhisi Grebeg Besar Demak. Ancasing sakingpanaliten punika kangge mangertosi wujud, tandha lan lambang utawi simboltumpeng sanga lan prosesi upacara tumpeng sanga salebeting tradhisi GrebegBesar Demak. Ing panaliten punika mirungganipun tetingalan bilih tumpeng sangapunika ngandut makna lambang lan wujud tandhanipun ingkang boten samikaliyan tumpeng sanesipun. Wonten mriku bebrayan kathah ingkang botenmangertosi. Bebrayan anamung mupangataken tumpeng kasebat miturutkapitadosan piyambak.

Teori ingkang wonten gegayutanipun kaliyan panaliten punikaantawisipun semiotika ingkang ngrembag ngilmu tandha lan makna lambangutawi simbol. Dene teori folklore ingkang dipunserat dening James Danandjajaingkang nggambaraken bilih upacara tumpeng sanga minangka wujud tradhisibudaya ingkang kawaris kanthi turun-tumurun. Tumpeng sanga punika piyambakkalebet folklor boten lisan ing jinising material arupi panganan ingkangnggadhahi makna simbol. Wondene saking punika wonten teori sanesipun kadostapangertosan upacara slametan tumpeng lan pangertosan tradhisi kabudayaan.

Metodhe sasaran panaliten ingkang dipunkaji inggih punika ngengingiwujud, tandha, makna lambang utawi simbol lan prosesi upacara tumpeng sangasalebeting tradhisi Grebeg Besar Demak. Panaliten punika kalebet panalitenkualitatif jinis folklore. Saking punika kangge nganalisis ugi migunakaken jinisStukturalisme Levi-Strauss inggih punika ngengingi makna simbolik lansemiotika ingkang wonten gandeng cenengipun kaliyan teori ingkangdipunginakaken. Wekdal lan papan panaliten punika wonten ing tlatah BintoroDemak, surya 10 Dzulhijjah tabuh 19.30 dalu. Sumber dhata ing panaliten punikamigunakaken dhata primer lan dhata sekunder. Dhata primer arupi wawanrembagkaliyan informan ingkang mangertosi upacara tumpeng sanga salebeting tradhisiGrebeg Besar Demak. Panaliti ugi ngawontenaken wawanrembag kaliyanbebrayan ingkang nate ningali tradhisi kasebat. Dene dhata sekunder arupisumber-sumber saking mediya utawi buku-buku sanesipun. Teknik pangumpulandhata ing panaliten punika inggih punika observasi kanthi cara ngamati objekipuning lapangan lan supados langkung gamblang panaliti ugi njingglengi kahananwonten rekaman video upacara tumpeng sanga kasebat. Wawanrembag kaliyaninforman salah satunggalipun inggih punika Bapak Rohmat minangka tiyangingkang damel tumpeng sanga lan saking pihak-pihak sanesipun ingkang

Page 7: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

langkung mangertosi ngengingi upacara tumpeng sanga kasebat. Wondene teknikpangumpulan dhata arupi kapustakan ingkang gegayutan mawi kajian teori lanreferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkangdipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika perekam (tape recorder),kamera lan catatan lapangan. Teknik analisis dhata ing panaliten punika kaperangdados tigang tahapan inggih punika reduksi dhata, sajian dhata, lan dudutan utawiverifikasi. Saking tahapan analisis punika wonten tahapan pangumpulan dhatakanthi cara migunakaken wawanrembag kaliyan informan. Dhata saking informansetunggal dipunbandhingaken kaliyan dhata saking informan sanesipun. Pramilasaged ngasilaken dhata ingkang dipunpikajengaken ing momotan panalitenpunika.

Asiling panaliten nedahaken bilih tumpeng sanga minangka jinisingpanganan ingkang nggadhahi wujud, tandha lan makna lambang. Wujudipuntumpeng setunggal ingkang ageng arupi maket Masjid Agung Demak lan tumpengcacahipun wolu wujuding kerucut. Dene tandha lan makna lambangipun inggihpunika cendhela maket Masjid cacah enem minangka lambang rukun iman. Korimaket Masjid cacah gangsal nglambangaken rukun Islam. Atap maket Masjidkanthi susun tiga nglambangaken bilih pemeluk agama islam kedah nggadhahiiman, islam, lan ikhsan. Mustaka maket Masjid mawi lafad Allah maknalambangipun manungsa kedah sujud, taat lan istiqomah ing ngarsaning GustiAllah. Tumpeng werni pethak kanthi ulam, pithek, sambel goreng, gereh pethek,bergedel, tempe tahu makna lambangipun pangarep-arep sadaya cita-cita ingkanginggil supados saged kalaksanan kanthi sae. Tumpeng kanthi Jangan urap arupipitung werni godhong tela, kacang panjang, kecambah, keciper, kol, lembayung,petet (mlanding) dipunurap dodos setunggal kaliyan bumbunipun maknalambangipun pitulung, panyuwun guyub rukun. Gedhang raja saklirang minangkalambang sipatipun raja. Sega golong minangka lambang panuwun kumpulingkawula Gusti. Tumpeng sanga nglambangaken wali sanga.

Page 8: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

ABSTRAK

Umi Kulsum. NPM 06430044. “Upacara Tumpeng Sanga Salebeting TradhisiGrebeg Besar Tlatah Bintoro Demak: Satunggaling PangrembagSemiotika”. Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa.Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni. IKIP PGRI Semarang. 2010.Pembimbing I Pembimbing I Dr. Bengat, M.Pd. Pembimbing IISunarya, S.S.

Kata kunci : Membahas tentang Semiotika: bentuk, tanda dan makna lambangatau simbol tumpeng sanga.

Rumusan masalah dalam penelitian ini adalah bagaimana wujud, tanda,makna lambang atau simbol tumpeng sanga lan prosesi upacara tumpeng sangadidalam tradisi Grebeg Besar Demak. Tujuan dari penelitian ini adalah untukmengetahui wujud, tanda, lambang atau symbol dari tumpeng sanga dan prosesiupacara tumpeng sanga didalam tradhisi Grebeg Besar Demak. Didalampenelitian itu keunikan dari tumpeng sanga dapat dilihat bahwa tumpeng sangamempunyai makna lambang dan tanda bentuknya yang berbeda dengan tumpenglainnya. Disitu banyak masyarakat yang tidak mengetahuinya. Masyarakat hanyamemanfaatkan tumpeng tersebut menurut kepercayaan sendiri.

Teori yang berhubungan dengan penelitian ini diantaranya semiotikayang membahas ilmu tanda-tanda dan lambang. Ada juga teori folklor yang ditulisoleh James Danandjaja yang memberi gambaran bahwa upacara tumpeng sangamerupakan bentuk tradisi budaya yang sudah turun tumurun dari dulu sampaisekarang. Tumpeng itu sendiri termasuk dalam folklore tidak lisan jinis materialberupa makanan yang mempunyai makna simbol. Selain itu ada teori lainnyaseperti pengertian upacara slametan tumpeng dan pengertian adat tradisikebudayaan yang sangat mendukung didalam penelitian ini.

Metode sasaran penelitian yang dikaji mengenai bentuk, tanda, lambangatau simbol dan prosesi upacara tumpeng sanga didalam tradisi Grebeg BesarDemak. Penelitian ini termasuk penelitian kualitatif dengan pendekatan folklore.Untuk menganalisis menggunakan jinis Stukturalisme Levi-Strauss yaitumengenai makna simbolik dan semiotikayang berkaitan dengan teori yangdigunakan. Waktu dan tempat penelitian ini ada di kota Bintoro Demak, tanggal10 Dzulhijjah jam 19.30 malam. Sumber data dalam penelitian ini menggunakandata primer dan data sekunder. Data primer berupa wawancara dengan informanyang mengetahui tentang upacara tumpeng sanga didalam tradisi Grebeg BesarDemak. Peneliti juga mewawancarai masarakat yang pernah melihat upacaratersebut. Sedangkan data sekunder berupa sumber-sumber dari mediya ataubeberapa buku lainnya. Teknik pengumpulan data dalam penelitian ini melaluiobservasi dengan cara terjun ke lapangan dan supaya lebih jelasnya penelitimengamati dari rekaman video upacara tumpeng sanga tersebut. Wawancaradengan informan salah satunya Bapak Rohmat selaku orang yang membuattumpeng sanga dan dari pihak-pihak lainya yang lebih mengetahui tentangupacara tersebut. Adapun teknik pengumpulan data berupa kapustakan yang

Page 9: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

berhubungan dengan kajian teoritis dan referensi lainya dan dokumentasi yangberupa pengambilan gambar foto yang diharapkan dalam penelitian ini. Alat yangdigunakan dalam pengumpulan data adalah perekam (tape recorder), kamera dancatatan lapangan. Teknik analisis data dalam penelitian ini terbagi menjadi tigatahapan yaitu reduksi data, sajian data dan verifikasi atau kesimpulan. Dari semuatahapan analisis itu terlebih dahulu diadakan pengumpulan data menggunakanwawancara dengan informan. Data dari informan satu dibandingkan dengan datadari infoman lainya sehingga menghasilkan data yang diharapkan sesuai denganrumusan masalah.

Hasil penelitian ini menunjukakan bahwa tumpeng sanga merupakanjinis makanan yang mempunyai bentuk, tanda dan makna lambang. Bentuk daritumpeng satu berupa maket Masjid Agung Demak dan untuk tumpeng jumlahdelapan bentuknya kerucut. Untuk tanda dan makna lambangnya adalah jendelaberupa maket Masjid jumlahnya enam merupakan lambang rukun iman. Pintumaket Masjid jumlahnya lima melambangkan rukun islam. Atap maket Masjidtersusun tiga melambangkan bahwa pemeluk agama islam harus mempunyaiiman, islam, lan ikhsan. Mustaka maket Masjid dengan lafad Allah maknalambangnya manusia harus sujud, taat dan istiqomah kepada Allah. Tumpengwarna putih ada ikan, ayam, sambel goreng, gereh pethek, bergedel, tempe tahumelambangkan pengharapan semua cita-cita yang tinggi supaya terwujud.Tumpeng ada jangan urap berupa tujuh warna yaitu godhong tela, kacang panjang,kecambah, keciper, kol, lembayung, petet (mlanding) dicampur jadi satu denganbumbunya melambangkan pitulung, panyuwun guyub rukun. Gedhang rajasaklirang merupakan lambang sipatnya raja. Sega golong merupakan lambangpanuwun kumpuling kawula Gusti. Tumpeng sanga melambangkan wali sanga.

Page 10: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

ATUR CECALA

Kanthi ngaturaken puja puji syukur dhumateng Gusti akarya jagad

ingkang sampun pinaringan rahmat lan hidayah saengga panyeratan skripsi kanthi

sesirah “ Upacara Tumpeng Sanga Salebeting Tradhisi “Grebeg Besar” Tlatah

Bintoro Demak: satunggaling pangrembag semiotika” saged purna tanpa boten

wonten pambengan punapa kemawon.

Panyeratan skripsi punika awujud tugas ingkang pungkasan tumraping

mahasiswa kangge njangkepi mata kuliah ing Fakultas Pendidikan Bahasa dan

Seni, Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang.

Saderengipun panyeratan skripsi punika, panyerat sampun kathah

pambiyantu saking sadaya pihak. Pramila kanthi andhap asoring manah, panyerat

ngaturaken matur nuwun kangge:

1. Muhdi, S. H., M. Hum., minangka Rektor IKIP PGRI Semarang.

2. Dra. Sri Suciati, M.Hum. minangka Dekan Fakultas Pendidikan

Bahasa dan Seni ingkang sampun paring palilah kangge ndamel skripsi.

3. Dra. HR. Utami, M. Hum., minangka pangarsaning Program Studi

Pendidikan bahasa lan sastra Jawa.

4. Dr. Bengat, M.Pd. minangka pambimbing I ingkang sampun paring

kawruh lan bimbingan kanthi ikhlas, sabar, lan taliti salebetipun

pandhapuking skripsi punika

5. Sunarya, S.S. minangka pambimbing II ingkang sampun saha

bimbingan lan pamawas anggenipun nyerat skripsi

6. Sutadi, S.Pd, M.Pd. minangka penguji III ingkang sampun nguji kanthi

Page 11: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

ikhlas, taliti lan sabar.

7. Bapa saha Ibu ingkang sampun suka donga restu ingkang kathah.

8. Bapa sarta Ibu dosen Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa ingkang

sampun suka ilmu anggenipun kuliah ing IKIP PGRI Semarang.

9. Kanca- kanca Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa taun angkatan 2006

mliginipun kelas A ingkang sampun sesarengan sinau ing papan kuliah

IKIP PGRI Semarang.

10. Sadaya pihak Dinas Pariwisata lan Kabudayaan Kabupaten Demak

mliginipun bagian Budaya lan Seni ingkang sampun maringi idin ing

papan panaliten punika.

11. Sadaya pihak ingkang boten saged dipunsebataken kanthi mligi.

Panyerat nyuwun agunging sih samudra pangaksami bilih anggenipun

skripsi punika tasih kathah kekiranganipun. Mugi-mugi skripsi punika saged suka

kawruh tumraping pamaos sadaya.

Amin.

Semarang,

Panyerat

Page 12: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

DAFTAR ISI

Kaca

IRAH-IRAHAN .............................................................................................. i

PASARUJUKAN ............................................................................................ iii

PENGESAHAN .............................................................................................. iv

SESANTI LAN PISUNGSUNG ..................................................................... v

SARIPATHI .................................................................................................... vi

ABSTRAK ...................................................................................................... viii

ATUR CECELA ............................................................................................. x

DAFTAR ISI ................................................................................................... xii

DAFTAR LAMPIRAN .................................................................................. xv

DAFTAR GAMBAR ...................................................................................... xvi

BAB I. PURWAKA....................................................................................... 1

A. Pawadaning Prakawis ................................................................. 1

B. Rancangan Momotan Panaliten .................................................. 5

C. Ancasing Panaliten ..................................................................... 6

D. Mupangating Panaliten ............................................................... 6

1. ....................................................................................... Mup

angat Teoritis…………………………………………......... 6

2. ....................................................................................... Mup

angat Praktis………………………………………….. ........ 6

E. Panegesing Tembung ................................................................. 7

Page 13: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Tumpeng Sanga……………………………………………....... 7

Tradhisi Grebeg Besar…………………………………………. 8

Bintoro Demak…………………………………………….. ...... 8

Semiotika ……………………………………………………… 9

Makna Simbolik…………………………………………….. 9

F. Tatarakiting Panyeratan Skripsi ................................................. 9

BAB II. LANDHESAN TEORI…………………………………………….. 11

A. Pangertosan Semiotika .............................................................. 11

B. Pangertosan Folklore ................................................................. 14

1. Titikanipun Folklor …………………………………….. 15

2. Mupangatipun Folklor ………………………………… 16

3. Wujuding Folklor ……………………………………… 17

C. Upacara Slametan lan Tumpeng ................................................. 22

D. Adat Tradhisi lan Kabudayaan……………………………….... 27

BAB III. METODE PANALITEN................................................................... 32

A. Sasaran Panaliten ....................................................................... 32

B. Jinising Panaliten ....................................................................... 32

C. Wekdal lan Papan Panaliten........................................................ 33

D. Sumber Dhata ............................................................................. 33

E. Teknik Pangumpulan Dhata........................................................ 35

Observasi……………………………………………………. 35

Studi Pustaka……………………………………………….. 35

Teknik wawancara………………………………………….. 36

Page 14: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Dokumentasi………………………………………………… 36

F. Piranti Pangumpulan Dhata……………………………………... 36

G. Teknik Analisis Dhata…………………………………………. 37

BAB IV. PANGREMBAG ASILING PANALITEN........................................ 39

Deskripsi Dhata................................................................................. 39

Asiling Panaliten ............................................................................... 48

Pangrembag Asiling Panaliten (Intepretasi Panaliten)...................... 54

BAB V. PANUTUP.......................................................................................... 57

Dudutan ............................................................................................ 57

Pamrayogi ........................................................................................ 59

KAPUSTAKAN............................................................................................... 60

SUMPINGAN.................................................................................................. 64

Page 15: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

DAFTAR LAMPIRAN

1. Daftar Informan....................................................................... 64

2. Asil Wawancara..................................................................... 65

3. Foto Tumpeng Sanga.............................................................. 77

4. Surat Penelitian....................................................................... 81

5. Rekapitulasi Proses Bimbingan Skripsi.................................. 82

Page 16: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

DAFTAR GAMBAR

Kaca

1. Pemotongan Tumpeng Dening Bupati Demak .......................................... 77

2. Tumpeng setunggal saking lebetipun maket Masjid Agung Demak ......... 77

3. Tumpeng Sanga ........................................................................................ 78

4. Tumpeng wujud Masjid Agung Demak..................................................... 78

5. Upacara Tumpeng Sanga ing Pendopo Kabupaten Demak ....................... 79

6. Pengunjung nalika pembagian Tumpeng Sanga sami padha rebutan......... 79

7. Tumpeng Sanga saderengipun dipuniring ................................................. 80

8. Iring-iringan Tumpeng Sanga ................................................................... 80

Page 17: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

BAB I

PURWAKA

A. Pawadaning Prakawis

Demak minangka satunggalipun kitha ingkang angsal predikat

kitha wali. Para wali damel Masjid naminipun Masjid Agung Demak ing

taun 1477 M/ 1399 S mawi candra sengkala “Kori trus gunaning janmi”.

Demak punika nggadhahi sejarah lan potensi ingkang kathah sanget, kawit

wekdal Kasultanan Bintoro Demak. Wonten kalih objek wisata religius

ingkang kawentar ing Indonesia lan Asia inggih punika Masjid Agung

Demak lan Makam Sunan Kalijaga Kadilangu Demak.

Kabudayaan peninggalanipun Raden Pattah lan para Wali Sanga

dipunjagi kalestantunipun. Kabudayaan minangka dhasar pandukung

saking bebrayan, ingkang boten saged uwal saking makna simbolik.

Simbol inggih punika tandha utawi titikan ingkang nyatakaken maksud

tartamtu utawi mangertos objekipun. Simbol sipatipun abstrak ingkang

maknanipun dipunparingaken dhumateng tiyang ingkang migunakaken

simbol. Wujudipun simbol inggih punika benda-benda, warni, gerak lan

suwanten. Manungsa mahluk budaya, mahluk sosial ingkang boten saged

gesang piyambak. Kabudayaan punika piyambak gagasan, simbol-simbol,

bobot ajining asil karya lan budipakarti manungsa. Pramila hakekatipun

manungsa inggih punika animal symbolicum.

Page 18: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Miturut panaliti para sarjana (Koentjaningrat, 1954: Herusatoto,

1985) tindakan simbolis wonten tigang pepanthan inggih punika tindakan

simbolis salebeting religi, tindakan simbolis salebeting seni lan tindakan

simbolis salebeting tradhisi (Suhartati, dkk 2007: 125). Simbolis tradhisi

warisan budaya ing kitha Demak, karumat kanthi sae. Warisanipun inggih

punika Ringgit Purwa, Pusaka Sunan Kalijaga (Kotang Ontokusumo lan

Keris Kyai Crubuk), Grebeg Besar lan sanes-sanesipun.

Salah satunggalipun warisan budaya ingkang saben setunggal

warsa sapisan kaadani surya 10 Dzulhijjah utawi Idul Adha (kurban)

inggih punika Grebeg Besar. Makna Grebeg Besar inggih punika

kempalanipun bebrayan Islam saben wulan Besar setunggal warsa sapisan,

kangge jejibahan dhakwah Islamiyah ing Masjid Agung Demak.

Kabudayaan bebrayan Jawi wonten upacara adat naminipun Upacara

Wilujengan. Kawiwitan saking wilujengan gesangipun manungsa,

wilujengan resik Dhusun ngantos wilujengan ing wulan Besar.

Cariyos ing jaman kalarumiyin, para raja Jawa asring ngadani

Wilujengan Nagari (selametan Kerajaan) kangge Pesta Kurban saben

warsa enggal. Ancasipun Wilujengan Nagari punika supados raja lan

rakyat dipunsukani kaslametan. Rajanipun inggih punika Raja Weda utawi

Raja Meda, tegesipun Kitab Suci Raja utawi Kebajikan Raja utawi kewan

Kurban Raja (A. Kasah, 2006: 6).

Page 19: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Wekdal kerajaan Raden Pattah upacara kurban dipungantos

jejibahan dhakwah Islamiyah, sarta dados sarana syiar Islam ingkang

dipunlampahi dening para wali. Para wali sarujuk, Sunan Kalijaga

ngawontenaken acara. Amargi Sunan Kalijaga mangertos bilih rakyatipun

remen pahargyan ingkang wonten gandeng-cenengipun kaliyan upacara

kaagamaan. Ing pahargyan punika dipunsukani kanthi ngungelaken

gangsa. Wiramanipun gangsa Nang Neng, Ning Nung Gung. Ungel nang

tegesipun “menenga saka hawa napsumu, isa ngendalekake hawa

napsumu”. Ungel neng tegesipun “meneng”, supados tiyang punika boten

nggadhahi sipat srei kaliyan tiyang sanes. Ungel ning nglambangaken

“wening”, saengga manungsa punika saged gayutaken ing alam sarta

caket dhumateng Allah SWT. Dumugi kanthi tataran kasebat, saged

kagayuh tahapanipun dumunung (nung) Gung (agung). Tegesipun saged

mersani mangsa saderengipun winarah. Pramila saking ungelipun gangsa

kasebat, saged narik kawigatenipun bebrayan Demak. Kawit punika

Upacara Kurban langkung prayogi katepang dados Upacara Tradhisi

Grebeg Besar.

Salah satungglipun prosesi tradhisi Grebeg Besar wonten upacara

naminipun “Selametan Tumpeng Sanga” utawi Wilujengan Tumpeng

Sanga. Wilujengan minangka ajaran Jawi kangge kaslametaning

manungsa. Ajaran punika sampun wonten saderengipun agami Hindu lan

Budha mlebet nusantara mliginipun Jawi (Chodjim, 2006: 277). Bebrayan

Demak piyambak ngawontenaken wilujengan punika, supados sadaya

Page 20: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

ingkang dipunpikajengaken saged kalampahan, usaha dagang dipunridhoi

gusti Allah SWT lan slamet boten wonten musibah.

Wilujengan inggih punika ngawontenaken upacara sedhekah

ingkang wigati supados dipunsukani kaslametan (Atmodjo, 1990: 365).

Slametan minangka upacara kaagamaan ingkang nglambangaken kasatuan

mistis lan sosial. Salah satunggalipun upacara sedhekah ing kitha Demak

inggih punika tumpeng sanga. Tumpeng sanga punika wonten wujud lan

makna isinipun ingkang dipunpitadosi dening bebrayan Demak.

Miturut bapak Rohmat ingkang damel tumpeng, bilih tumpeng

wonten sanga. Wujudipun tumpeng inggih punika tumpeng ageng

setunggal arupi maket Masjid Agung Demak lan tumpeng alit cacahipun

wolu arupi wujud kerucut. Isinipun saking tumpeng inggih punika

tumpeng ageng isinipun pitik, sambel goreng, ikan asin, tahu tempe, ijo-ijo

jejanganan lan sanes-sanesipun. Wondene tumpeng alit punika isinipun

sekul golong. Sekul golong dipundamel ngantos ewunan. Ancasipun

supados boten sami rayakan.

Wilujengan kasebat nggadhahi makna simbol. Lambang utawi

simbol inggih punika hal utawi kahanan mangertosi ing objekipun. Simbol

punika peranan ingkang wigati ing pagesangan lan solah bawanipun

manungsa (Suhartati, dkk, 2007: 125). Makna simbol saking sedaya

tumpeng sanga punika, nglambangaken wali ingkang sampun dhirikaken

Masjid Agung Demak inggih punika wali sanga.

Page 21: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Bebrayan mliginipun Demak, kathah ingkang boten mangertos

makna lambang saking tumpeng sanga. Umumipun bebrayan Demak,

anamung mupangataken kahanan tradhisi kasebat. Kahanan tradhisi

punika anamung kangge nindakaken pagawean dol tinuku ing pahargyan

naminipun pasar rakyat. Pahargyan punika ngasilaken sumber

penghasilan kanthi jejibahan dol tinuku ekonomi produktif. Antawisipun

promosi asil pertanian, asil perkebunan, lan asil industri, sarta ugi karcis

mlebu acara, jasa parkir, sewa kaplingan lan sanes-sanesipun. Pramila

wontenipun tradhisi punika saged ningkataken pendapatan bebrayan lan

Pamerintah Kabupaten Demak.

Pramila panyerat nggadhahi panemu badhe naliti babagan Upacara

tumpeng sanga salebeting tradhisi “Grebeg Besar” Tlatah Bintoro Demak:

satunggaling pangrembag semiotika.

B. Rancangan Momotan Panaliten

Adhedhasar pawadaning prakawis ing nginggil, pramila ingkang

ndadosaken momotan panalitenipun inggih punika:

1. Kados pundi prosesi upacara Tumpeng Sanga salebeting tradhisi

“Grebeg Besar” Demak?

2. Kados pundi wujud, tandha lan makna lambang utawi simbol

Tumpeng Sanga salebeting tradhisi “Grebeg Besar” Demak?

Page 22: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

C. Ancasing Panaliten

Adhedhasar momotan panaliten punika panaliti nggadhahi ancas

panaliten inggih punika:

1. Kangge mangertosi prosesi upacara Tumpeng Sanga salebeting tradhisi

“Grebeg Besar” Demak.

2. Kangge mangertosi wujud, tandha lan lambang utawi simbol Tumpeng

Sanga salebeting tradhisi “Grebeg Besar” Demak.

D. Mupangating Panaliten

Mupangat panaliten ingkang dipunpikajengaken wonten kalih jinis

inggih punika:

1. Sacara Teoritis

a. Asil panaliten punika kaajab saged nuwuhi kawruh ngengingi

makna upacara tumpeng sanga mliginipun tumrap bebrayan ing

kitha Demak.

b. Kangge pamaos lan kadhang Mahasiswa, panaliten punika

mujudaken seserapan ingkang migunani tumraping pasinaon basa

Jawi lan kabudayaan Jawi.

2. Sacara Praktis

a. Kangge panaliti, panaliten punika migunani sanget supados angsal

pangetahuan lan wawasan babagan wujud lan makna lambang

tumpeng sanga ugi prosesi upacara tumpeng sanga salebeting

Page 23: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

tradhisi Grebeg Besar Demak.

b. Kangge pihak panyangkul gati ingkang ngawontenaken upacara

tumpeng sanga ing tradhisi Grebeg Besar, panaliten punika saged

dipundadosaken dokumentasi lan tradhisi punika supados tambah

ngrembaka ing kitha Demak.

c. Kangge masarakat luas mliginipun generasi muda. Asil panaliten

punika kaajab saged maringi informasi ngengingi prosesi upacara

tumpeng sanga, wujud, makna lambang tumpeng sanga lan

supados saged ngrembakaaken ugi nglestantunaken tradhisi Grebeg

Besar ingkang dados asset budaya bangsa.

d. Kangge pameritahan Dati II Kabupaten Demak mliginipun bidang

kabudayaan asil panaliten punika saged dados panjangkep ing

dokumentasi.

E. Panandhesing Tembung

Supados gampil anggenipun mangertosi punapa ingkang

dipunangkah ing irah-irahan, pramila badhe dipunandharaken

panandhesing tembung inggih punika:

1. Tumpeng Sanga

Miturut Atmodjo (1990: 400) tumpeng inggih punika sekul

ingkang dipunwangun pasungan kangge acara wilujengan, lan sanga

punika angka ingkang cacahipun wonten sanga.

Tumpeng sanga inggih punika tumpeng ingkang cacahipun

wonten sanga dipundamel kangge acara wilujengan ing upacara

Page 24: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

tradhisi Grebeg Besar Demak.

2. Tradhisi Grebeg Besar

Tradhisi inggih punika lelaku-lelaku ingkang dipunlampahi

kanthi turun tumurun (Atmodjo, 1990: 469).

Miturut A. Kasah (2006: 6), Grebeg Besar punika saking

tembung Gerebeg, Grebeg, Gerbeg maknanipun swanten angin

ingkang wanter. Tembung basa Jawa (h) anggarebeg maknanipun

iring-iringan raja agung utawi temanten lan dipunkepung. Grebeg

tegesipun dipungiring, dipunkempalaken lan dipunkepung. Dados

Grebeg inggih punika salah satunggalipun kempalan kangge jejibahan

ing papan panggenan ingkang mligi. Tembung Besar punika mundhut

saking nami wulan inggih punika wulan Besar (Dzulhijjah).

Pramila Tradhisi Grebeg Besar inggih punika lelaku-lelaku

ingkang dipunlampahi turun tumurun saben wulan Besar (Dzulhijjah)

setunggal warsa sapisan, kaangkah kangge jejibahan dhakwah

Islamiyah wonten ing Masjid Agung Demak.

3. Bintoro Demak

Miturut kamus Kawi Indonesia kaca 44, tembung Bintoro

asalipun saking tembung Bhatara = Bh- in- atara = Bhinatara =

Bhintara. Bhatara punika raja, dewa. Tegesipun Bintoro inggih punika

dipunangkat dados raja. Dene Demak asalipun saking basa kawi

inggih punika hadiah, penerimaan, syarat, upah ( Pujo lan Khafid,

2008: 39).

Page 25: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Demak inggih punika kitha wali ingkang utami wonten ing

Propinsi Jawa Tengah, tetengeripun ing tengah-tengahing jalur jalan

raya antawis Semarang – Kudus.

4. Semiotika

Istilahipun semiotika saking tembung “semion” (Yunani)

tegesipun tandha. Semiotika ingkang dipunandharaken dening

Ferdinand De Saussure (1857-1913), inggih punika ngelmu ingkang

sacara sistematis nyinauni tandha-tandha lan lambang, sistem-sistem

lambang lan prosesipun lambang (Hidayat, 2006: 130).

5. Makna Simbolik

Miturut Endraswara (2003: 171), tembung simbol asalipun

saking Yunani inggih punika symbolon. Tegesipun tadha utawi titikan

ingkang paring pangertosan dhumateng tiyang.

Makna simbolik inggih punika tandha utawi titikan ingkang

paring pangertosan tartamtu ingkang sipatipun abstrak, wujudipun

warni, swanten, piranti lan sanes-sanesipun.

F. Tatarakiting Panyeratan

Supados runtut anggenipun mangertosi andharan ing salebeting

seratan punika, tatarakiting panyeratan skripsi katata kados mekaten.

Bab I mujudaken pambukaning seratan, wonten ngriki

nerangaken punapa mawon ingkang dados Pawadaning Prakawis,

Rancangan Momotan Panaliten, Ancasing Panaliten, Mupangating

Panaliten, Panandhesing Tembung, Tatarakiting Panyeratan

Page 26: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Dene teori utawi kawruh punapa mawon ingkang kaginakaken

kangge ngrembag perkawis ing panaliten punika kaserat ing Bab II.

Dados Bab II punika mujudaken landhasan teori ngrembag babagan

kaping satunggal pangertosan Semiotika. Kaping kalih pangertosan

Folklor kaperang wonten tiga inggih punika titikanipun Folklor,

mupangatipun Folklor, wujuding Folklor antawisipun wonten folklore

lesan, folklore saperangan lesan lan folklore boten lesan. Kaping tiga

ngengingi Upacara Slametan lan Tumpeng. Kaping sekawan

ngengingi Adat Tradhisi lan Kabudayaan.

Babagan cara-caranipun panaliten punika kaperang lan

dipunandharaken wonten ing Bab III, andharanipun inggih punika

Sasaran Panaliten, Jinising Panaliten, Papan lan Wekdal Panaliten,

Sumber Dhata antawisipun saking Dhata Primer lan Dhata Sekunder,

Teknik Pangumpulan Dhata, antawisipun saking Observasi, Studi

Pustaka, Teknik Wawancara, lan Dokumentasi, Piranti

Pangumpulaning Dhata lan Teknik Analisis Dhata.

Ing Bab IV, inggih punika pirembagan, wonten Bab punika

ngandharaken asiling panaliten.

Bab V inggih punika panutup ngandharaken Dudutan lan

Pamrayogi. Salajengipun ing perangan pungkasan kaserat Kapustakan

lan Lampiran.

Page 27: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

BAB II

LANDHESAN TEORI

A. Pangertosan Semiotika

Bebrayan minangka pandukung kabudayaan ingkang boten saged

uwal saking symbol. Miturut C. A, Van peursen kabudayaan minangka

endapan saking kagiatan lan karya manungsa. Manungsa mahluk budaya,

mahluk sosial ingkang boten saged gesang piyambak. Miturut Suhartati,

dkk (2007: 124) kabudayaan punika piyambak gagasan, simbol-simbol,

bobot ajining asil karya lan budipakarti manungsa. Pramila hakekatipun

manungsa inggih punika animal symbolicum.

Miturut Ferdinand De Saussure (1857-1913), ngilmu ingkang

sacara sistematis nyinauni tandha-tandha lan lambang, sistem-sistem

lambang lan prosesing perlambangan dipunwastani semiotika (Hidayat,

2006: 130).

Miturut Charles Sander Peirce (1839-1914) minangka ahli filosof

Amerika (lumantar Zoest, 1993: 19), bilih jinising tandha wonten tigang

macem adhedhasar sipat groundipun inggih punika:

1. Qualisigns

inggih punika tandha-tandha minangka tandha adhedhasar saking sipat.

Page 28: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

2. Sinsigns

inggih punika tandha-tandha minangka tandha dhasar ingkang

kasunyatan utawi tampilanipun kaleresan nyata.

3. Legisigns

inggih punika tandha-tandha minangka tandha dhasar ingkang wonten

aturanipun sacara umum.

Adhedhasar andharan ing nginggil punika, saged dipuntaliti bilih

ing prosesi tumpeng sanga wonten salah satunggalipun tandha adhedhasar

sipat groundipun inggih punika:

Werni pethak ing tumpeng minangka tandha utawi sipat. pethak

minangka jinising tandha Qualisigns. Ing tandha punika kedah nggadhahi

wujud. Pramila wujud tumpeng sanga inggih punika kerucut.

Saderengipun upacara tumpeng sanga kawiwitan wonten group rebana lan

tari jipin. Wiramanipun rebana minangka Sinsigns lan gaya obahing tari

jipin punika minangka tandha Legisigns.

Miturut C. A. Peursen (lumantar Herusatoto, 2001: 11)

ngandaraken bilih wujudipun tandha wonten tiga inggih punika: lambang

utawi simbol, tandha (ikon) lan isarat (indeks).

Tembung simbol asalipun saking basa yunani, symbolos suraosipun

tandha utawi titikan ingkang nyukani pangertosan tartamtu dhumateng

tiyang. Ing salebeting Kamus umum bahasa Indonesia karya W. J. S.

Poerwadarminta ngandharaken bilih, simbol utawi lambang inggih punika

kados tandha, lukisan, guneman lan sapanunggalipun ingkang ngandut

Page 29: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

teges tartamtu. Tuladhanipun werni pethak ing tumpeng minangka

lambang reresik (kasucian), gambar pari minangka lambang kamakmuran,

sekul ingkang dipundamel lan kabentuk pasungan kados gunung punika

ndadosaken lambang. Miturut bebrayan Demak ngengingi tumpeng kados

gunung suraosipun nglambangaken sumber pagesangan lair lan bathin.

Tandha (ikon) inggih punika hal utawi kahanan ngandaraken objek

dhumateng subjek. Tandha nggadhahi titikan tartamtu mawi punapa

ingkang dipuntandhai. Tuladhanipun ing tumpeng katancepan Lombok,

gereh, jejanganan, kacang lanjar lan sanes-sanesipun.

Dene isarat (indeks) inggih punika hal utawi kahanan ingkang

paring pangertosan dening subjek dhumateng objek. Suraosipun subjek

asring maringi pangertosan tartamtu arupi isarat dhumateng objek. Isarat

boten saged dipunnetepaken ing pangageman, sadaya gumantung saking

subjek lan wujudipun saged dipunewahi dados tandha. Tuladhanipun

saderengipun upacara tumpeng sanga kawiwitan tandha bedug

dipunungelaken. Ungelipun swanten bedug minangka isarat bilih upacara

sagedipun wiwiti.

Adedhasar panjlentrehan ing inggil punika bilih ngengingi upacara

tumpeng sanga wonten tandha utawi ikon, isarat utawi indeks lan makna

simbol utawi lambangipun. Antawisipun ing tumpeng katancepan

Lombok, gereh, jejanganan, kacang lanjar lan sanes-sanesipun minangka

tandha. Werni pethak ing tumpeng minangka lambang reresik (kasucian),

sekul ingkang dipundamel lan wujudipun pasungan kados gunung punika

Page 30: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

ndadosaken lambang. Miturut bebrayan Demak tumpeng kados gunung

suraosipun nglambangaken sumber pagesangan lair lan bathin. Ungelipun

swanten bedug minangka isarat bilih upacara tumpeng sanga saged

kawiwitan.

B. Pangertosan Folklor

Folklor minangka salah satunggalipun disiplin ilmu utawi cabang

ilmu kawruh ingkang jumeneng piyambak ing Indonesia lan dereng dangu

ngrembaka. Miturut etimologi, folklor punika mula bukanipun saking

tembung folk lan lore.

Folk punika kempalaning tiyang ingkang nggadhahi pengenalan

fisik, sosial lan kabudayaan. Tandha pangenal kasebat saged arupi: warni

kulit, rupi rukmanipun, padamelan, basa, kawruh lan agami ingkang sami.

Ananging ingkang langkung wigati punika piyambakipun sampun

nggadhahi tradhisi ingkang sampun kawaris kanthi turun-tumurun,

sekedikipun kalih generasi ingkang saged dipunwastani gadhahipun

bebrayan. Ingkang langkung wigati piyambakipun kedah eling dhateng

identitas klompokipun piyambak (Dundes ing Danandjaja, 2007: 1).

Lore punika tradhisi, Folk minangka kabudayaan ingkang kawaris

kanthi turun-tumurun kanthi lesan utawi lumantar patuladhan ingkang

dipunsarengi kaliyan owahing tandha utawi pambiyantu pepeling. Folklor

punika saperangan kabudayaan ingkang kolektif, ingkang kasebar lan

dipunwarisaken turun-tumurun (Danandjaja, 2007: 2).

Page 31: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Andharan ing kawiwitan saged dipundudut bilih definisi folklore

inggih punika saperangan kabudayaan ingkang kolektif lan sumebar ugi

dipunwarisaken turun tumurun, antawis kolektif punapa kemawon kanthi

tradisional ing salebeting versi ingkang boten sami, wonten ing wujud

lesan utawi tuladha ingkang dipunjangkepi kaliyan gerak isarat utawi

piranti pambiyantu pangeling-eling (mnemonic device).

Adhedhasar panjlentreh punika, saged dipunpundhut dudutan bilih

upacara tumpeng sanga minangka saperangan saking kabudayaan ingkang

arupi folklor. Grebeg Besar tradhisi ingkang sampun dangu

dipuntindakaken dening bebrayan minangka arupi kabudayaan ingkang

kawaris kanthi turun-tumurun.

1. Titikanipun Folklor

Supados saged bentenaken folklor saking kabudayaan

sanesipun, kedah mangertosi rumiyin titikanipun folklor ingkang utami

ing umumipun. Miturut Danandjaja (2007: 3-5) titikan utamaning

panepang folklor inggih punika:

a. Sumebaring lan kawarisanipun limrah katindakaken kanthi cara

lesan, inggih punika lumantar setunggal tiyang dhumateng tiyang

sanes (kanthi cara lesan, sumebaring lumantar tutur tembung

saking pacelathoning tiyang).

b. Folklor nggadhahi sipat tradisional, inggih punika kasebaraken

kanthi rupi relatip netep utawi ingkang standar.

Page 32: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

c. Folklor wonten (exist) ing versi-versi utawi varian-varian ingkang

boten sami

d. Folklor sipatipun anonim, tegesipun naminipun pangripta boten

dipunmangertosi dening tiyang malih.

e. Folklor limrahipun nggadhahi wujud berumus utawi berpola.

f. Folklor nggadhahi mupangat (function) kangge gesang sesarengan

ingkang kolektif.

g. Folklor asipat pralogis, inggih punika nggadhahi logika piyambak

ingkang boten jumbuh kaliyan logika umum.

h. Folklor dados gadhahipun sesarengan saking kolektif tartamtu.

i. Folklor limrahipun asipat wantah lan lugu, saengga asring katingal

kasar lan dumadakan.

2. Mupangatipun Folklor

Wonten ing salebetipun “Folklor Indonesia ilmu gosip,

dongeng, lan sanesipun ” (Danandjaja, 2007: 19), William R. Bascom,

satunggalipun dwija ageng Emeritus ing ilmu folklor wonten ing

Universitas California ing Berkeley ingkang sampun suwargi

nerangaken bilih mupangatipun folklor wonten sekawan inggih

punika:

a. Minangka system proyeksi (projective system) inggih punika

kangge piranti pencermin angen-angen minangka kolektif.

b. Minangka piranti pangesahan pranata-pranata lan lembaga-

Page 33: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

lembaga kabudayaan.

c. Minangka piranti pendidikan anak (pedalogical device)

d. Minangka piranti pameksa lan pengawas norma-norma bebrayan

tansah dipunpatuhi dening anggota kolektifipun.

3. Wujuding Folklor

Dene kabudayaan nggadhahi pitung unsur kabudayaan

universal inggih punika sistem mata pencaharian hidup (ekonomi),

sistem piranti lan panjangkepan ing pagesangan (teknologi), sistem

kabebrayanan, sistem basa, sistem kesenian, sistem kawruh, lan sistem

religi.

Pramila folklor miturut Jan Harold Brunvand (lumantar

Danandjaja, 2007: 21 – 23) inggih punika satunggaling ahli folklor

saking Amerika Serikat saged nggolongaken ing tiga klompok ageng

adhedhasar tipenipun inggih punika:

a. Floklor lesan (verbal folklor)

Floklor lesan punika folklor ingkang awujud murni lesan.

Ingkang kalebet klompok punika antawisipun:

1) Bahasa rakyat

Kadosta: logat, julukan pangkat tradisionl, lan munggah

kabangsawan.

2) Ungkapan tradisional

Kadosta: bebasan, pepatah, lan pemeo.

Page 34: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

3) Pitakenan tradisional

Ing Indonesia langkung kawentar dipunsebat bedhekan

inggih punika pitakenan ingkang asipat tradisional lan

wangsulan ingkang tradisional ugi.

4) Sajak lan Geguritan rakyat

Kadosta: pantun, lan syair.

5) Cariyos prosa rakyat

Miturut William R. Bascom (lumantar Danandjaja, 2007:

50) cariyos prosa brayat kapantha ing tigang golongan ageng

inggih punka: Mite (myth), Legenda (legend), Dongeng

(folktale)

6) Nyayian rakyat (folksongs)

Miturut Jan Harod Brunvand (lumantar Danandjaja,

2007:141) inggih punika salah satunggalipun genre utawi

wujud folklore ingkang kapantha saking tembung-tembung lan

tembang ingkang kawedaraken kanthi lisan ing antawis

anggota kolektif tartamtu awujud tradisional lan kathah

nggadhahi varian. Kadosta: nyanyian rerepan (lullaby),

nyanyian kerja (working song), nyanyian permainan (play

song).

Adhedhasar panjlentrehan ing inggil saged paring dudutan

bilih tradhisi Grebeg Besar kalebet folklor lesan ingkang

awujud ungkapan tradisional kadosta: pemeo isinipun “Sinten

Page 35: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

kemawon ingkang nate ngunjungi Grebeg Besar Demak kanthi

kaping pitu, sami mawon kaliyan nglaksanakaken Ibadah

Haji”.

b. Folklor saperangan lesan (Partly Verbal Folklor)

Folklor saperangan lesan minangka folklor ingkang wujud

campuraning unsur lesan lan unsur boten lesan. Ingkang kagolong

klompok punika kadosta:

1) Kapercayaan rakyat

Umpaminipun ingkang tiyang modern asring dipunwastani

takhayul, kawujud saking pernyataan ingkang asipat lesan

dipunwuwuhi kaliyan owah isarat ingkang dipunanggep

nggadhahi surasa gaib.

2) Teater rakyat

Teater rakyat inggih punika teater ingkang dipunproduksi

dening rakyat, tanpa wonten ingkang nyandhang dana, kangge

kekarepanipun insidentil, gesang lan ngrembaka ing

satengahipun bebrayan.

3) Permainan rakyat

Permainan rakyat kalebet folklor amargi dipungadhahi

lumantar lesan. Dolanan brayat (folk game) kapantha dados

kalih golongan ageng inggih punika dolanan kangge dolanan

(play) lan dolanan kangge tanding (game).

Page 36: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Dolanan kangge dolanan sipatipun anamung kangge ngisi

wekdal senggan utawi rekreasi. Menawi dolanan kangge

tanding kirang nggadhahi sipat kasebat amargi nggadhahi sipat

siasat (game of strategy), kaprigelan fisik (game of physical

skill), lan untung-untungan (game of change) (Roberts, Arth,

lan Bush lumantar Danandjaja, 2007: 171).

4) Adat istiadat

Adat istiadat, kalebet folklor saperangan lesan amargi adat

istiadat punika tata kelakuan ingkang kekal lan turun-tumurun

saking generasi setunggal tumuju generasi sanes minangka

warisan, saengga kiyat integrasinipun kaliyan solah bawanipun

bebrayan.

5) Tarian rakyat

Tarian rakyat inggih punika tarian ingkang gesang lan

ngrembaka ing satunggalipun daerah. Tuladhanipun tari

gambyong saking Jawa Tengah, tari pendet saking Bali, lan

sanes-sanesipun.

6) Upacara

Upacara kalebet folklor saperangan lesan amargi piranti

(miturut adat istiadat) rantamanipun padamelan utawi solah

bawa ingkang kaiket tumrap tatanan tartamtu miturut adat

utawi agami.

7) Pesta rakyat

Page 37: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Pesta rakayat kalebet folklor saperangan lesan amargi pesta

rakyat punika pasamuan ngunjuk lan dhahar ingkang

kawontenan satengahing brayat nalika wonten prayaan punapa

kemawon. Kadosta: sedekah laut, sedekah bumi, lan sanes-

sanesipun.

Adhedhasar katrangan ing inggil punika saged paring

dudutan, bilih Upacara tumpeng sanga kalebet folklor

saperangan lesan. Bebrayan pitados Tumpeng punika saged

paring berkah, kaslametan sarta punapa ingkang dipunsuwun

saged kalampahan.

c. Folklor Boten Lesan (non verbal folklore)

Folklor boten lesan punika folklor ingkang wujudipun

boten lesan. Klompok ageng punika saged kaperang dados kalih,

inggih punika material lan sanes material. Ingkang material

antawisipun: arsitektur rakyat, karajinan tangan rakyat, pakaian,

lan hiasan tubuh, makanan lan minuman, sarta obat-obatan

tradisional, bunyi isyarat kangge komunikasi rakyat, kasebat

kentongan lan gendang.

Panjlentrehan ing inggil punika bilih ing Upacara tumpeng

sanga kalebet folklor boten lesan ing jinis material. Amargi

tumpeng punika satunggaling jinis material awujud panganan

ingkang nggadhahi makna simbol.

Page 38: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

C. Upacara Slametan Lan Tumpeng

1. Pangertosan Upacara lan Slametan

Bebrayan Jawi ngawontenaken upacara slametan nggadhahi

ancas. Ancasipun supados angsal kaslametan lan minangka wujud roas

syukur ing ngarsanipun Allah SWT. Slametan minangka versi Jawi

salebeting upacara kaagamaan ingkang umum ing dunya

nglambangaken mistis lan sosial (Geertz, 1959: 13).

Miturut Koentjaraningrat (2004: 347) upacara lan slametan

punika wonten gandeng-cenengipun kaliyan kapitadosan.

Saperanganing tiyang Jawi wonten ingkang pitados bilih slametan

boten saged uwal saking unsur-unsuripun mahluk gaib utawi mahluk

alus. Mahluk halus kadosta memedi, lelembut, tuyul, demit, lan sanes-

sanesipun. Miturut kapitadosan bebrayan mahluk-mahluk halus

kasebat saged maringi kamulyaan, kaslametan. Ananging kosok

wangsulipun, kapitadosan punika saged ewah minangka dados lelayu.

Wondene kangge panganut agami Islam Jawi ingkang taat anamung

pitados maring ngarsanipun Gusti Allah SWT lan kanjeng Nabi

Muhammad SAW. Pramila kedah taat nglampahi ajaran-ajaran saking

agami Islam, antawisipun sholat, pasa, zakat lan sanes-sanesipun.

Slametan inggih punika upacara dhedhaharan sareng-sareng lan

dipunparingi donga saderengipun dipunparingaken. Slametan kagolong

wonten sekawan jinis inggih punika:

a. slametan salebeting pagesanganipun manungsa, kadosta

Page 39: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

tingkeban, mitoni, lelayu, khitanan lan sanes-sanesipun.

b. slametan ingkang wonten gandeng-cenengipun kaliyan resik-resik

dhusun

c. slametan ingkang gegayutan mawi dinten-dinten riyadi utawi

wulan- wulan Besar Islam, kadosta Maulud Nabi, Idul Fitri, Idul

Adha lan sanes-sanesipun.

d. slametan ingkang wekdalipun boten tamtu, kadosta nggadhahi

griya enggal, ngruwat, kaul lan sanes-sanesipun (Geertz, 1959: 38).

2. Pangertosan Tumpeng

Tumpeng minangka sajian khas Indonesia mliginipun bebrayan

Jawa, Bali. Tumpeng asring dipunginakaken kangge syarat upacara

adat. Umumipun upacara adat inggih punika upacara lelayu, upacara

mitoni, upacara temanten lan sanes-sanesipun. Wujudipun tumpeng

kangge upacara adat kathah sanget. Sadaya gumantung tata cara ing

acaranipun.

Tumpeng inggih punika tumpukan sekul wujudipun krucut,

kadosta gunung. Wujud punika nggadhahi makna. Tumpeng minangka

simbol ekosistem ing pagesangan. Wujud ingkang ngrucut minangka

pralambang saking kaagunganipun Allah SWT. Isinipun tumpeng ugi

wonten maknanipun. Punika nglambangaken sadaya saisinipun ing

alam donya.

Warni tumpeng kalarumiyin anamung pethak kemawon.

Saniki kathah modifikasi warni, saengga makna sakralipun sakedik

Page 40: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

ical. Tumpeng saniki dados panjangkep kemawon, boten

dipunwigatosaken makna utawi filosofinipun. Jinis-jinisipun tumpeng

wonten pitu inggih punika:

a. Tumpeng Robyong

Tumpeng Robyong punika asring kangge upacara siraman

ing temanten adat Jawi. Tumpeng Robyong kadamel saking sekul,

katumpeng, kalebetaken ing cething, tinancepan ulam-ulam.

Tumpeng ugi katancepan gereh pethek, krupuk urang, jejanganan,

lombok, kacang lanjar, ijo-ijo, terong lan sesekaran. Punika

gegambaran gegayuhan tumpeng sagedipun kasembadan, mawi

kasengkuyung rinobyong-robyong, sakathahing sesaji lan

kawontenanipun pirantos wilujengan (Soeranto lan Mulyani, 2004:

56).

Tumpeng robyong ing slametan pangaten miturut Kitab

Primbon Adammakna (2008: 29) bilih ing tumpeng robyong

wonten tigan godhogan sakulite dipunsunduk ngagem sujen, ing

inggilipun tigan trasi bakaran lajeng brambang, ing inggilipun

piyambak lombok. Sundukan punika dipuntancepaken ing

pucukipun tumpeng sarta ing sakiwa tengenipun dipuntancepi

sawarnanipun jejanganan. Kanthi tumpeng punika katon rompyo-

rompyo. Amargi kathah sesundukan ingkang sami tinancepan wau.

Sarta wonten tumpeng gundhul inggih punika tumpeng ingkang

boten wonten lelawuhanipun.

Page 41: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

b. Tumpeng Nujuh Bulan (Mitoni)

Tumpeng punika kangge syukuran tiyang estri ingkang

wawrat. Tumpeng punika warninipun pethak, dipundelehaken ing

tampah. Tampah dipuntlasari mawi godhong gedhang. Tumpeng

ugi dipunparingi jejanganan ijo-ijo lan ulam. Tumpeng katata,

dipundelehaken ing tengah lan dipunubengi tumpeng alit

cacahipun enem.

c. Tumpeng Pungkur

Tumpeng punika kangge upacara Lelayu (kematian).

Isinipun sekul pethak ingkang dipunubengi jejanganan ijo-ijo.

Tumpeng dipuniris vertikal anggenipun delehaken kedah

mungkuri.

d. Tumpeng Pethak

Tumpeng punika asring kangge acara sakral. Amargi warni

pethak nglambangaken kesucian. Tumpeng pethak dipunsukani

pitik ingkung, tempe, tahu lan gereh petek.

e. Tumpeng Sekul Kuning

Tumpeng punika asring kangge acara kadosta: kelairan,

ulang taun, khitanan, pertunangan, temanten, tolak balak lan

sanes-sanesipun. Isinipun tumpeng sami kaliyan tumpeng

umumipun. Anamung dipunsukani bergedel, kering-keringan,

abon, irisan ketimun. Warni kuning ing tumpeng suraos kekayaan

lan moral ingkang luhur.

Page 42: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

f. Tumpeng Sekul Uduk

Tumpeng punika asring kangge pengetan Maulud Nabi

utawi tumpeng tasakura. Tumpeng raosipun gurih, isinipun pitek

ingkung bumbu aren, lalapan, rambak, kedele cemeng lan sanes-

sanesipun.

g. Tumpeng Seremonial utawi Tumpeng Modifikasi

Tumpeng punika sagedipun wastani tumpeng suka-suka.

Gumantung raos kita piyambak amargi boten dipunwigatosaken

makna filosofinipun.

(http:\\ncc.blogsome.com\2006\06\14\228\trackback).

Adhedhasar panjlentrehan ing inggil punika, saged dipundudut

bilih ing upacara tumpeng sanga kagolong jinising slametan ingkang

gegayutan mawi wulan-wulan Besar Islam inggih punika malam wulan

Idul Adha, surya 10 Dhulhijjah tabuh 19.30 dalu. Ing isinipun slametan

wonten tumpeng ingkang cacahipun sanga. Tumpeng setunggal ageng

awujud Masjid Agung Demak. Ing lebetipun tumpeng ageng wonten

tumpeng alit werni pethak, jejanganan, ulam, lan sanes-sanesipun.

Tumpeng ingkang wolu wujudipun kerucut ing lebetipun wonten sekul

golongipun. Sekul golong punika ingkang dipunparingaken dhumateng

bebrayan mliginipun bebrayan Demak.

Page 43: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

D. Adat Tradhisi lan Kabudayaan

1. Pangertosan Adat lan Tradhisi

Ing salebetipun kabudayaan wonten peradapan, adat lan

tradhisi. Adab dipungayutaken kaliyan budaya saengga dados adab

budaya. Tembung adat dipungabungaken kaliyan tradhisi dados adat

tradhisi. Pramila adat lan tradhisi nggadhahi pangertosan ingkang

sami.

Miturut Bastomi (1995: 11) Adat nyangkup pranata ingkang

ngatur solah bawanipun manungsa salebeting pandukung tiyang

setunggal lan sanesipun. Pranata punika mujudaken kalaziman,

kasusilaan ingkang gesang ing tengah-tengahipun bebrayan saking

pamuka adat. Adat punika sipatipun patuh, laras, sarta harmoni

ingkang wonten gandheng-cenengipun kaliyan kahanan antawis

setunggal lan sanesipun.

Adat inggih punika sadaya aturan lan hukum ingkang kaserat,

boten dipunbukuaken ingkang nyangkup ing sadaya aspek pagesangan.

Adat nemtokaken hal ingkang sae lan boten kangge warga

bebrayanipun. Pramila anggenipun adat wonten larangan lan kedah

boten saged dipunlanggar. Tiyang ingkang nglanggar adat,

piyambakipun rumaos lepat lan dosa. Amargi adat sampun dipuntampi

lan dipunpitadosi dening warga bebrayanipun. Adhedhasar

kapitadosan adat ingkang dipunlanggar punika nekakaken ingkang

awon sipatipun gaib.

Page 44: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Adat lan tradhisi minangka kasatuan kolektif saperangan

bebrayan, sipatipun wiyar. Manungsa piyambak ingkang damel

tradhisi ingkang saged katampi, kaewah. Wonten bentenipun antawis

adat, tradhisi lan kabudayaan. Bilih adat lan tradhisi punika

dipunrumusaken saking punapa ingkang ideal, kekal, aktual, ananging

kabudayaan asring remen ningkataken punapa ingkang dipunasilaken

saking generasi lami (Bastomi, 1995: 14).

2. Pangertosan Kabudayaan

Miturut Koentjaraningrat (2004: 9) Tembung kabudayaan

asalipun saking tembung sanskerta buddhayah. Tegesipun wujud

jamak saking buddhi suraosipun budi utawi akal. Kabudayaan inggih

punika sadaya gagasan lan karya manungsa kedah mawi sinau, sarta

sadaya punika saking asil budi lan karyanipun.

Budaya inggih punika wujud jamak saking tembung budi lan

daya, tegesipun cinta, karsa, lan rasa. Tembung budaya ugi asalipun

saking basa sanskerta budhayah jamak tembung buddhi, tegesipun

budi utawi akal. Miturut E. B. Tylor kabudayaan inggih punika sadaya

perangan ingkang kompleks ngengingi antawis kaweruh, kapitadosan,

kesenian, moral, kailmuan, hukum, adat istiadat lan kaprigelan

sanesipun saking manungsa lan bebrayan (M. Setiadi, dkk, 2007: 27).

Bebrayan nggadhahi kabudayaan ingkang boten sami kaliyan

bebrayan sanesipun. Indonesia punika kagolong antawis suku bangsa

ingkang benten-benten, ananging saben kabudayaan nggadhahi titikan

Page 45: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

utawi sipat ingkang sami. Sipat punika boten dipuntegesi sacara

spesifik ananging asipat universal. Manungsa ing pundi kemawon

boten bentenaken faktor ras, lingkungan alam, utawi pawiyatan

ingkang sipatipun budaya.

Kabudayaan nggadhahi sipat wonten ing pundi kemawon,

amargi punika kangge sadaya budaya. Sipat hakiki saking kabudayaan

kasebat antawisipun:

a. Budaya saged kawujud lan kalampahan kanthi sae, punika saking

solah bawanipun manungsa.

b. Kalarumiyin budaya sampun wonten ing saperangan generasi

tartamtu, sinaosa budaya generasi kasebat boten saged pejah.

c. Budaya dipunpikajengaken dening manungsa, lan kawujud ing

solah bawanipun piyambak.

d. Budaya wonten aturan-aturan ingkang isinipun kawajiban-

kawajiban, tindakan-tindakan ingkang dipuntampi lan boten

katampi, lan tindakan-tindakan ingkang angsal idin lan boten

dipunidini (M. Setiadi, dkk, 2007: 32-34).

Kabudayaan boten anamung nggadhahi sipat, ananging

kabudayaan ugi nggadhahi tigang wujud inggih punika:

a. Wujud kabudayaan minangka satunggalipun komplek saking ide-

ide, gagasan, nilai-nilai, norma-norma, peraturan lan sanes-

sanesipun.

b. Wujud kabudayaan minangka satunggalipun komplek aktivitas

Page 46: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

lelakunipun saking manungsa ing salebeting bebrayan.

c. Wujud kabudayaan minangka benda-benda saking asilipun karya

manungsa.

Wujud sapisan inggih punika wujud idel saking kabudayaan.

Sipatipun abstrak, boten saged dipunraba utawi dipunphoto.

Papanipun wonten ing mustaka utawi pangandikan sanes, ing

salebetipun alam pamikir saking warga bebrayan ing pundi

kabudayaan punika gesang. Gegayutan mawi warga bebrayan bilih

gagasan punika dipunserat, mila papan saking kabudayaan ideel

punika wonten ing salebeting karangan lan buku-buku asil karya para

panyerat warga bebrayan. Kabudayaan ideel ugi kathah kasimpen

wonten disk, tape, arsip, koleksi microfilm lan microfish, kartu

computer lan sanes-sanesipun.

Kabudayaan ideel punika saged dipunsebat adat kelakuan utawi

adat istiadat. Kawastanan tata kelakuan tegesipun bilih kabudayaan

ideel fungsinipun dados tata kelakuan ingkang ngatur, ngendaliaken

lan nyukani arahan kaliyan manungsa ing bebrayan. Fungsi saking

punika sacara mligi adat kaperang saking pinten-pinten lapisan inggih

punika abstrak kadosta sistem boboting budaya lan konkret kadosta

sistem hukum.

Wujud kaping kalih saking kabudayaan dipunwastani sistem

sosial, ngengingi solah bawanipun saking manungsa punika

piyambak. Sistem sosial punika antawis saking aktivitas-aktivitas

Page 47: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

aduarep manungsa, sesambetan, lan sesrawungan kaliyan setunggal

lan sanesipun adhedhasar saking adat tata kelakuan. Pramila sistem

sosial sipatipun konkret.

Wujud kaping tiga saking kabudayaan dipunsebat kabudayaan

fisik lan betahaken katrangan kathah. Wujud punika minangka sadaya

asil fisik saking aktivitas, karya manungsa salebeting bebrayan.

Pramila sipatipun langkung konkret lan arupi benda-benda ingkang

saged dipunraba, dipunmersani lan dipunphoto.

Dene sadaya kabudayaan saking wujud tiga kasebat boten

saged uwal saking setunggal lan sanesipun. Kabudayaan ideel lan

adat istiadat punika ngatur lan nyukani arahan dhumateng karyanipun

manungsa. Umpaminipun pikiran-pikiran sae lan ide-ide ingkang

ngasilaken benda-benda kabudayaan fisik lan karya manungsa

(Koentjaraningrat, 2004: 5-7).

Adhedhasar panjlentrehan ing inggil punika bilih adat lan

tradhisi Grebeg Besar minangka warisan budayanipun bebrayan

Demak. Pramila kedah dipunlestantunaken. Amargi saking

kabudayaan punika wonten upacara slametanipun. Upacara punika

naminipun upacara Tumpeng Sanga. Upacara tradhisi punika wujud

kabudayaan ingkang kaadani saben wulan Idul Adha, surya 10

Dzulhijjah.

Page 48: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

BAB III

METODHE PANALITEN

A. Sasaran Panaliten

Sasaran panaliten punika inggih punika Upacara Tumpeng Sanga.

Ing panaliten punika ingkang dipunkaji ngengingi wujud, tandha, lambang

utawi simbol lan prosesi upacara Tumpeng Sanga salebeting tradhisi

“Grebeg Besar” Demak.

B. Jinising Panaliten

Magepokan mawi momotan panaliten ingkang dipunkaji. Pramila

panaliti migunakaken jinising panaliten kualitatif. Panaliten kualitatif

inggih punika panalitian ingkang ngginakaken pendekatan folklor ingkang

awujud folklor boten lesan jinising material arupi panganan inggih punika

Tumpeng Sanga.

Miturut Endraswara (2003: 62) bilih panalitian kualitatif folklore

ingkang utami inggih punika asil panyajianipun saking tembung-tembung

utawi ukara ing salebetipun struktur logik, saengga saged ngandharaken

fenomena budayanipun. Ing fenomena budaya punika nggadhahi realitas

langkung nyata.

Kangge nganalisis punika ugi ngginakaken pendekatan

strukturalisme Levi-Strauss. Pendekatan punika ngengingi bilih basa

punika wonten gandeng cenengipun kaliyan kabudayaan. Dene

Page 49: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

sesambetan punika saged madosi semiotikanipun inggih punika wujud,

tandha lan makna lambangipun. Kanthi cara punika saged ngasilaken

dhata ngengingi upacara Tumpeng Sanga satunggaling pangrembag

semiotika.

C. Wekdal lan Papan Panaliten

Papan panaliten wonten ing Tlatah Bintoro Demak, ingkang

mapanipun antawis: 006 43’ 26’-007 09’ 43’ Lintang Kidul lan 110 27’

58’-110 48’ 47’ Bujur Wetan. Sacara administratif wiyar wilayah

Kabupaten Demak inggih punika 89. 743 hektar. Ingkang kaperang dados

14 Kecamatan lan 243 Desa lan 6 kalurahan. Ing Kecamatan Demak wiyar

wilayahipun nggadhahi 19 desa salah satunggalipun inggih punika Tlatah

Bintoro Demak minangka dados papan panalitenipun.

Prosesi upacara Tumpeng Sanga papanipun langkung rumiyin

wonten ing Pendopo Kabupaten Demak kalajengaken dipuniring wonten

ing Masjid Agung Demak. Wekdal Surya 10 Dzulhijjah (Idul Adha), tabuh

19. 30 dalu.

D. Sumber Dhata

Sumber dhata ingkang dipunginakaken ing panaliten punika

kaperang dados kalih inggih punika:

1. Dhata Primer

Minangka dhata ingkang dipunasilaken panaliti lumantar

Page 50: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

wawancara. Wawancara punika kaliyan ingkang damel tumpeng sanga

Bapak Rohmat (28 taun) lan Ibu Farida (39 taun), pihak Kepala Bidang

Budaya Lan Seni Ibu Isowarni, S.Sos. (51 taun), pihak Dinas

Pariwisata lan Kabudayaan Demak Bapak Santo (49 taun) lan

wawancara kaliyan bebrayan ingkang nate ningali ugi mangertos

babagan upacara tradhisi punika.

2. Dhata Sekunder

Sumber dhata sekunder inggih punika sumber ingkang kaserat

saking pinten-piten sumber utawi mediya. Sumber punika antawisipun:

Filsafat Bahasa Mengungkap Hakikat Bahasa, Makna, dan Tanda

(Ahmad, Asep Hidayat), Sejarah dan Legenda Grebeg Besar Kota Wali

Demak (A. kasah, Hamid), Bausastra Jawa (Atmodjo, S. Prawiro),

Filsafat Bahasa Mengungkap Hakikat Bahasa (Ahmad, Asep Hidayat),

Seni Dan Budaya Jawa (Bastomi, Suwaji), Folklor Indonesia

(Danandjaja, James), Metodologi Penelitian Kebudayaan (Endraswara,

Suwardi.), Abangan, Santri, Priyayi Dalam Masyarakat Jawa (Geertz,

Clifford), Simbolisme dalam Budaya Jawa (Herusatoto, Budiono),

Kebudayaan Mentalitas dan Pembangunan (Koentjaraningrat.),

Manusia Dan Kebudayaan Di Indonesia (Koentjaraningrat),

Metodologi Penelitian Kualitatif (Moleong, J. Lexy), Ilmu Sosial dan

Budaya Dasar (M Setiadi, Elly), Kitab Primbon Betaljemur

Adammakna (R. Soemodidjojo), Sejarah Demak Matahari Terbit di

Glagah Wangi (Semedi, Pujo dan Kasri, Khafid), Budaya Jawi

Page 51: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

(Soeranto dan Mulyani, Sri), Fungsi dan Makna Simbolis Genta di

Jawa Tengah.( Suhartati, dkk), Pendekatan Kuantitatif dan Kualitatif

(Sumaryanto F, Totok), Serba-Serbi Semiotika (Zoes Aart Van dan

Sudjiman Panuti), lan wonten dhata saking Dinas Pariwisata

Kabupaten Demak (Upacara Grebeg Besar di Kabupaten Demak).

.

E. Teknik Pangumpulan Dhata

Teknik pangumpulan dhata inggih punika teknik ingkang

migunakaken pendekatan kualitatif kangge ngempalaken dhata–dhata ing

panyusunan skripsi punika. Pramila teknik pangumpulan dhata ingkang

dipunginakaken inggih punika:

1. Observasi

Observasi inggih punika satunggalipun metode utawi cara

kangge ngasilaken dhata kaliyan ngamati objek ingkang dados

momotan prakawisipun. Panaliti boten anamung njingglengi objek

sacara langsung kemawon. Supados gamblang panaliti ugi njingglengi

kahanan wonten ing rekaman video upacara tumpeng sanga tradhisi

Grebeg Besar. Observasi punika ngasilaken dhata primer ingkang

wigati, akurat, lan objektif.

2. Studi Pustaka

Studi pustaka inggih punika teknik pangumpulan data ingkang

dipunpundhut kanthi cara madosi saking maneka warni sumber kaserat

saking buku-buku umum utawi makalah-makalah ingkang jumbuh

Page 52: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

kaliyan panaliten punika.

Sumber ingkang katulis lan jumbuh kaliyan panaliten punika,

dipunjangkepi kaliyan sumber-sumber sanesipun. Saengga

validitasipun kajamin, saking studi pustaka punika saged ngasilaken

dhata sekunder.

3. Teknik Wawancara

Wawancara inggih punika wujud komunikasi verbal ingkang

awujud pacelathon lan katindakaken kaliyan kalih tiyang. Inggih

punika pewawancara (interviewer) lan ingkang dipunwawancarai

(interviewee) kanthi ancas angsal informasi (Moleong, 2002: 135 ).

Anggenipun wawancara punika kangge maringi dhata ingkang

sipatipun mligi. Pitakenan ingkang dipuntangletaken inggih punika

pitakenan ingkang fokus kaliyan objek ingkang dipuntaliti.

4. Dokumentasi

Dokumentasi inggih punika cara pangempalan dhata mawi

mundhut gambar (foto-foto) ingkang dipunpikajengaken, kangge

pandukung ing dhata panaliten. Sarta dados bukti ngengingi jejibahan

ingkang wonten ing Upacara Tumpeng Sanga Salebeting Tradhisi

“Grebeg Besar “ Demak.

F. Piranti Pangumpulan Dhata

Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata kedah

jumbuh kaliyan sumber dhata lan teknik pangumpulan dhata. Saking

Page 53: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

punika piranti ingkang dipunginakaken inggih punika:

a. Alat perekam ( tape recorder )

b. Kamera HP

c. Catatan lapangan

G. Teknik Analisis Dhata

Proses analisis dhata kawiwitan kanthi nelaah sadaya dhata. Milles

lan Huberman ngandharaken bilih dhata saking panaliten kualitatif awujud

tembung-tembung boten angka. Dhata punika dipunkempalaken kanthi

pinten-pinten cara, antawisipun wawancara, intisari dokumen, pita

rekaman, pencatetan, pengetikan lan sanes-sanesipun. Analisis punika

migunakaken tembung-tembung ingkang kasusun ing salebetipun teks.

Teknik analisis dhata ingkang dipunginakaken ing panaliten inggih

punika analisis ingkang ngliputi tigang tahapan inggih punika reduksi

dhata, sajian dhata, lan dudutan utawi verifikasi. Analisis punika

lumampah saking tigang tahapan punika (Sumaryanto F, 2007: 106-107).

Bagan Siklus Analisis Dhata Kualitatif

Sumber: Analisi dhata kualitatif (Miles lan Huberman, 1992).

Pangumpulan dhata

Reduksi dhata

Sajian dhata

Dudutan

Page 54: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Tahap pangumpulan dhata punika migunakaken wawancara

lumantar informan. Dhata saking informan setunggal lajeng

dipunbandhingaken kaliyan dhata saking informan sanesipun. Dados

panaliti saged ngasilaken dhata ngengingi Upacara Tumpeng Sanga

Salebeting Tradhisi “Grebeg Besar” Demak ingkang dados momotan

panaliten.

Page 55: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

BAB 1V

PANGREMBAG ASILING PANALITEN

A. Deskripsi Dhata

1. Wilayah Bintoro Demak

Bintoro Demak minangka papan ingkang dipundadosaken

objek ing panaliten. Bintoro Demak nggadhahi tradhisi budaya salah

satunggalipun Grebeg Besar. Prosesi ing Grebeg Besar wonten upacara

naminipun wilujengan tumpeng sanga. Tumpeng sanga salebeting

tradhisi Grebeg Besar punika wonten wujud, tandha lan makna

lambang utawi simbolipun ingkang dipunpitadosi dening bebrayan

Demak.

Demak, minangka salah satunggalipun kabupaten ing Jawa

Tengah ingkang mapanipun antawis: 006 43’ 26’-007 09’ 43’ Lintang

Kidul lan 110 27’ 58’-110 48’ 47’ Bujur Wetan, ingkang nggadhahi

wiyar wilayah inggih punika 89. 743 hektar. Kabupaten Demak

kaperang dados 14 kecamatan, 243 desa lan 6 kalurahan. Saking

sekawan welas Kecamatan punika salah satunggalipun inggih punika

kecamatan Demak ing kabupaten Demak ingkang nggadhahi wates

wilayah inggih punika:

a. Ing iring ler winatesan kaliyan kecamatan Bonang, kecamatan

Wedung

b. Ing iring wetan winatesan kaliyan kecamatan Gajah, kecamatan

Page 56: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Karanganyar

c. Ing iring kidul winatesan kaliyan kecamatan Wonosalam

d. Ing iring kilen winatesan kaliyan kecamatan Karang tengah.

Sacara administratif wiyar wilayah kecamatan Demak inggih

punika 61,13 km2, kaperang saking 19 Desa salah satunggalipun

Bintoro Demak. Tlatah Bintoro Demak kaperang saking 5 dhusun, 12

Rukun Warga (RW) lan 93 Rukun Tetangga (RT). Penduduk ing

Bintoro Demak cacahipun langkung kathah, katingal saking jinising

kelamin inggih punika jaler lan estri. Dipunpriksani saking cacahipun

penduduk mayoritas agaminipun islam ngantos 99, 19 persen lan

agami Kristen katholik ngantos 0, 77 persen lan agami Hindu utawi

Budha ngantos 0, 04 persen.

Kahanan ingkang wonten ing Bintoro Demak saged

dipunpriksani sacara umum ing pakaryanipun. Saking pakaryanipun

wonten ingkang dados dwija, bakul, tani, buruh lan saperangan dados

PNS. Kangge sarana pendidikan ingkang wonten inggih punika

Pondok pesantren, Madrasah Ibtidakiyah (MI), Sekolah Dasar (SD),

Madrasah Tsanawiyah (MTS), Sekolah Menengah Pertama (SMP),

Sekolah Menengah Atas (SMA) lan Madrasah Aliyah. Kangge

nindakaken jejibahan saben dintenipun bebrayan Demak migunakaken

sarana transportasi. Sarana transportasinipun antawisipun sepedha,

motor, mobil lan sanes-sanesipun. Wonten sarana sanesipun kangge

pikantuk informasi kanthi cepet, saperangan warga wonten ingkang

Page 57: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

nggadhahi radio, televisi, handphon minangka dados sarana

komunikasinipun. Dene sarana kangge kesenian lan kabudayaan

kagolong becik.

Kesenian lan kabudayaan ingkang wonten inggih punika arupi

wayang, rebana, tarian jipin ugi tradhisi upacara inggih punika upacara

iring-iringan wilujengan tumpeng sanga ingkang kaadani saben

setunggal warsa sapisan.

2. Asalipun Tumpeng Sanga ing Tradhisi “Grebeg Besar” Demak

Bebrayan Demak kathah ingkang boten mangertos asalipun

tumpeng sanga punika. Pramila saged kaandharaken bilih jaman

kalarumiyin para raja Jawa asring ngawontenaken slametan utawi

wilujengan nagari. Wilujengan punika kangge pesta kurban saben

warsa enggal. Ancasipun wilujengan nagari punika supados raja lan

rakyat dipunparingi kaslametan. Rajanipun inggih punika raja weda lan

raja meda, tegesipun kitab suci raja utawi kebijakan raja. Pahargyan

kados punika sampun wonten wekdal pamerintahan raja Hayam

Wuruk Majapahit. Pahargyan punika minangka tradhisi arupi

persembahan sesaji dhumateng para Dewa kanthi mantra-mantra.

Ancasipun kangge kurmati arwah para leluhur lan kaslamatan Nagari.

Wekdal kerajaan Majapahit runtuh kalajengaken mawi

kerajaan Islam Demak rajanipun Raden Pattah, kanthi gelar Kanjeng

Sultan Raden Abdul Pattah Al Akbar Sayyidin Panatagama. Baginda

boten remen tradhisi upacara punika, amargi ing upacara punika boten

Page 58: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

leres lan katentang kanthi ajaranipun Islam. Ananging kathah bebrayan

boten sarujuk saking kaputusanipun Raden Pattah. Upacara punika

sampun dados kapitadosanipun bebrayan piyambak.

Kaarifan para Wali lan Raden Pattah upacara tradhisi kurban

punika dipunwontenaken malih. Ing upacara punika dipunewahi kanthi

dipunparingi jejibahan dhakwah Islamiyah. Para wali sarujuk bilih

Sunan Kalijaga ngrembakakaken upacara punika kanthi ngungelaken

gangsa. Gangsa punika dipunungelaken wonten ing Masjid Agung

Demak. Saking ungelipun gangsa narik kawigatinipun para bebrayan

Demak. Bebrayan ingkang mersani kedah maosaken kalih kalimah

syahadat inggih punika Asyhadu alla ilaaha illallah lan Wa asyhadu

anna Muhammadar Rasuulullah. Pramila saking punika bebrayan

sampun dados tiyang muslim.

Upacara kurban langkung prayogi dipunewahi dados Upacara

tradhisi Grebeg. Tradhisi Grebeg punika dipungayutaken kaliyan

dinten Islam inggih punika Grebeg Syawal, Grebeg Besar lan Grebeg

Maulud. Para wali mundhut upacara punika dados upacara Grebeg

Besar ingkang kalampahan kawit wulan Besar (Idul kurban).

Saben upacara Grebeg, Sultan nyukani sedhekah inggih

punika arupi tumpeng. Tumpeng punika dipundamel cacahipun kanthi

sanga, supados para bebrayan Demak kemut kaliyan jasa-jasanipun

para wali. Tumpeng sanga punika salah satunggalipun wonten

ingkang awujud maket Masjid Agung Demak. Tumpeng ingkang wolu

Page 59: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

wujudipun kerucut ing lebetipun wonten sega golongipun. Tumpeng

sanga nglambangaken wali ingkang damel Masjid Agung Demak

inggih punika Wali sanga. Miturut para bebrayan Demak bilih

kawontenanipun tumpeng sanga punika supados daganganipun lares,

dipunsukani kaslametan dunya akhirat lan panyuwun sanes-sanesipun

dipunijabahi.

3. Prosesi Upacara Iring-iringan Tumpeng Sanga Demak

Upacara tumpeng sanga kawiwitan tabuh 19.30 dalu ing suya

10 Dzulhijjah. Urut-urutanipun prosesi upacara iring-iringan tumpeng

sanga inggih punika:

Kaping sepisan, saderengipun tumpeng sanga dipuniring

langkung rumiyen dipunkempalaken wonten ing Pendopo Kabupaten

Demak. Kalajengaken wonten tarian jipin lan tembang islami

(sholawatan) saking para santri. Tarian jipin lan tembang punika

minangka dados hiburan kemawon.

Kaping kalih, laporan seksi upacara kaagamaan dening Bapak

Drs. Amsori minangka kepala kantor Departemen agama Kabupaten

Demak kanthi penghormatan dhumateng Bupati Demak inggih punika

Bapak Drs. H. Taftah Zani, MM.

Kaping tiga, acara pambuka saking Bupati Demak kawiwitan

kanthi waosan Basmalah lan Allahu Akbar. Kalajengaken iring-iringan

Page 60: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

tumpeng sanga lumaku saking Pendopo kabupaten Demak tumuju ing

Masjid Agung Demak.

Saben klompok ingkang ngiring inggih punika klompok

satunggal wonten ingkang beta spanduk, vandel, manggar, ghendera,

tiyang ingkang dados para wali sanga, tumpeng ageng setunggal,

tumpeng alit wolu, ing wingkingipun group rebana kanthi

nembangaken tembang ilir-lir, ing iring kiwa lan tengen barisan

wonten ingkang beta obor, lan para tamu undhangan ugi para

pengunjung, kados asil wawanrembag ing andhap punika:

Setiap kelompok yang mengiring yaitu yang pertama kelompokyang membawa spanduk, vandel, manggar, bendera, para wali sanga,tumpeng ageng satu, tumpeng kecil delapan, dibelakangnya grouprebana dengan melantunkan lagu ilir-ilir, untuk barisan kanan dan kiriada yang membawa obor dan para tamu undangan juga parapengunjung (Rohmat: 9 Juni 2010).

Iring-iringan tumpeng sanga saben lumaku nembangaken

tembang ilir-lir. Tembanganipun kados ing andhap punika.

Ilir-ilir tandure wis sumilir

Tak ija raya-raya tak sengguh penganten anyar

Cah angon-cah angon penekna blimbing kuwi

Lunyu-lunyu penekna kanggo masuh dhadhatira

Dhadhatira-dhadhatira kumitir bedhahing pinggir

Dhandhamana jlumatama kanggo seba mengko sore

Mumpung padhang rembulane mumpung jembar kalangane

Ya suraka, surak hiye.

Page 61: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Maknanipun menawi dipuntlusuri nggambaraken

ngerembakanipun agama Islam. Agama ingkang dipunsiaraken dening

para wali sampun kawit bangkitipun (wis sumilir) ingkang sansaya

dangu sansaya subur (raya-raya), amargi dipuntampi para pengembala

ingkang ngibarataken umat Islam (cah angon-cah angon), nglampahi

sholat gangsal wekdal sadinten sadalu (woh-wohan blimbing seginipun

gangsal) senajan awrat nglampahi punika, (lunyu-lunyu peneken)

kangge nyempurnakaken agamamu (dhodhot, busana, ageman,

dipunibarataken agama Islam). Dene imanmu tasih goyang, kahanan

ingkang ngewatiraken (tepinipun compang camping) kasempurnakaken

kanthi sasae-saenipun (dhandhamana jlumatana) kangge ngadhep Allah

ing dinten akhir samangke (kangge seba mengko sore), sanajan tasih

wonten kalodangan urip ing dunya ginakaken kanthi sukacita (surak

hiye).

Kaping sekawan, sasampunipun dugi ing Masjid Agung Demak,

acara wilujengan tumpeng sanga kawiwitan kanthi pengajian umum

kalajengaken dedunga, kados asil wawanrembag ing andhap punika:

Acara selametan tumpeng sanga diawali dengan pengajianumum diteruskan dengan pembacaan doa (Isowarni: 10 Juni 2010).

Kaping gangsal, acara panutup inggih punika pemotongan

tumpeng dening Bupati, wujudipun tumpeng kaperang wonten sanga

inggih punika tumpeng ageng setunggal arupi maket Masjid Agung

Demak lan tumpeng alit cacahipun wolu arupi wujud kerucut. Saking

wolu tumpeng punika salebetipun wonten sega golong. Sega golong

Page 62: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

wujudipun bunder utawi sega ingkang dipunkepel-kepel ginakaken asta.

Kalajengaken dipunbuntel kaliyan godhong gedhang kalajengaken

tumpeng ingkang wolu isinipun sega golong saged dipunbagiaken para

pengunjung.

Cara damelipun tumpeng sanga inggih punika tumpeng ingkang

ageng arupi maket Masjid Agung Demak dipundamel bahanipun triplek

lan kayu. Atapipun tumpeng Masjid dipundamel kanthi susun tiga mirip

mawi pure Hindu. Cendhelanipun tumpeng Masjid dipundamel

cacahipun nenem lan kori tumpeng Masjid cacahipun gangsal.

Kalajengaken dipunsukani cat pewarna supados katon sae kados Masjid

Agung Demak samesthinipun, kados asil wawanrembag ing andhap

punika:

Cara membuat tumpeng yaitu tumpeng yang besar berupa maketMasjid Agung Demak, biasanya dibuat dengan triplek dan kayu.Atapnya tumpeng Masjid dibuat susun tiga seperti pure Hindu.Jendelanya tumpeng Masjid enam dan pintu tumpeng Masjid jumlahnyalima. Setelah jadi diberi cat pewarna supaya kelihatan indah sepertiaslinya (Rohmat: 9 Juni 2010).

Dene tumpeng ingkang wolu wujudipun kerucut. Dipundamel

saking pring dipunketoki dhuwuripun kinten-kinten 50 cm.

Kalajengaken dipunrangkai kayakta wujud kerucut. Tutupipun

dipundamel mawi kertas semen. Kalajengaken dipunsukani cat lan

dipunhiasi kertas warni supados katon menarik. Supados tumpeng

ingkang ageng punapa ingkang alit saged dipunpanggul, dipunsukani

kalih pring kiwa tengen ingkang tengah-tengahipun dipunsukani

Page 63: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

tampah. Tampah punika kangge ndekekaken isi tumpeng, kados asil

wawanrembag ing andhap punika:

Delapan tumpeng kecil yang berbentuk kerucut terbuat daribambu yang dipotong-potong kecil tingginya 50 cm. Kemudiandirangkai menyerupai bentuk kerucut. Kemudian ditutup dengan kertassemen setelah itu dicat dan dihiasi kertas warna supaya kelihatanmenarik. Supaya tumpeng yang besar maupun kecil dapat dibawa ataudipanggul dikasih dua bambu kanan dan kiri yang ditengahnya dikasihtampah, untuk meletakan isi tumpeng (Rohmat: 9 Juni 2010).

Saben isinipun tumpeng setunggal wujud maket Masjid Agung

Demak inggih punika: Tumpeng werni pethak, wonten jangan urap

arupi pitung werni godhong tela, kacang panjang, kecambah, keciper,

kol, lembayung, petet (mlanding) dipunurap dodos setunggal.

Bumbunipun inggih punika kerambil ingkang enem, trasi, uyah,

brambang, lombok, micin. Kalajengaken wonten ulam, pithek, sambel

goreng, gereh pethek, bergedel, tempe tahu lan ngajengipun dipunsukani

gedhang raja. Dene tumpeng ingkang wolu wujud kerucut ing lebetipun

wonten sega golongipun. Sega golong inggih punika sega pethak

dipunkepel-kepel lajeng dipunbuntel godhong gedhang dipunsukani

tigan dadaran, kados asil wawanrembag ing andhap punika:

Isi dari tumpeng satu bentuk maket Masjid agung Demakadalah tumpengnya warna putih disitu ada jangan urapnya, jangantersebut berjumlah tujuh yaitu godhong tela, kacang panjang, kecambah,keciper, kol, lembayung, petet (mlanding) selanjutnya dicampur, diurapjadi satu. Bumbunya yaitu kelapa muda, trasi, garam, brambang, cabe,dan penyedap rasa (micin). Dilanjutkan didalamnya terdapat ikan, ayam,sambel goreng, gereh pethek, bergedel, tempe tahu dan didepanyaterdapat pisang raja. Sedangkan tumpeng kecil isinya hanya nasigolong. Nasi golong yaitu nasi yang dibungkus dengan daun pisang dandiberi telur dadar (Farida: 11 Juni 2010).

Page 64: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Pramila ing prosesi upacara tumpeng sanga minangka tradhisi

ingkang sampun dangu wonten ing kitha Demak. Bebrayan kathah

ingkang ngrawuhi ing acara punika kangge ngalap berkah saking

tumpeng punika. Tumpeng ingkang cacahipun sanga kasebat

nglambangaken wali Sanga. Wilujengan punika kalaksanan kanthi

kekarepan supados sadaya bebrayan Demak dipunsukani kaberkahan,

kaslametan dunya lan akhirat.

B. Asiling panaliten

Adhedhasar observasi lan wawancara kaliyan informan sarta

bebrayan Demak. Ing panaliten punika asil temuanipun inggih punika

wujud tandha lan makna lambang ing tumpeng sanga. Tandha lan lambang

ingkang wonten ing tumpeng sanga minangka dados satunggaling

pangrembag semiotika.

Rohmat (wawancara, 9 Juni 2010) ngandharaken bilih Tumpeng

sanga nggadhahi wujud ingkang boten sami. Wujudipun tumpeng

setunggal ingkang ageng arupi maket Masjid Agung Demak lan tumpeng

ingkang cacahipun wolu wujuding kerucut.

Tumpeng sanga wonten tandha lan makna lambangipun. Babagan

punika badhe kaandharaken ing ngandhap punika:

1) Cendhela tumpeng Masjid ingkang cacahipun enem.

Cendhela ingkang wonten ing maket Masjid Agung Demak

punika minangka dados tandha. Tandha cendhela Masjid punika

Page 65: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

dipundamel kanthi cacahipun enem. Makna lambangipun minangka

lambang saking rukun Iman inggih punika iman dhumateng Gusti

Allah SWT, iman dhumateng malaikat-malaikat Allah, iman

dhumateng kitab-kitab Allah, iman dhumateng Rosul-rosul Allah,

iman dhumateng Taqdir lan Qodar, lan iman dhumateng dinten

kiamat, kados asil wawanrembag ing andhap punika:

Jendela yang berjumlah enam di tumpeng berwujud MasjidAgung Demak merupakan lambang rukun iman (Santo: 8 Juni 2010).

2) Kori tumpeng Masjid ingkang cacahipun gangsal.

Kori ingkang wonten ing maket Masjid Agung Demak punika

minangka tadha. Tandha ing kori Masjid punika dipundamel kanthi

cacahipun gangsal. Saking kori Masjid cacah gangsal punika

minangka lambang rukun Islam inggih punika maos kalih kalimah

syahadat, nglampahi sholat gangsal wekdal sedinten sedalu,

nglampahi pasa ing wulan ramadhon, zakat lan ngibadah haji kangge

ingkang saged, kados asil wawanrembag ing andhap punika:

Tanda pintu maket Masjid Agung Demak jumlahnya pintu adalima, merupakan lambang rukun Islam (Santo: 8 Juni 2010).

3) Atap tumpeng Masjid cacahipun susun tiga.

Atap ingkang wonten ing maket Masjid Agung Demak punika

minangka dados tandha. Tandha ing atap punika dipundamel kanthi

susun tiga kados pure Hindu. Atap ingkang cacahipun tiga minangka

nglambangaken bilih pemeluk Agama Islam kedah nggadhahi Iman,

Islam lan Ikhsan, kados asil wawanrembag ing andhap punika:

Page 66: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Tanda atap tumpeng Masjid dibuat bersusun tiga mirip sepertipure Hindu, melambangkan bahwa pemeluk agama islam harusmempunyai Iman, Islam dan Ikhsan (Santo: 8 Juni 2010).

4) Mustaka tumpeng Masjid kanthi lafad Allah.

Mustaka ing maket Masjid Agung Demak punika minangka

tandha. Mustaka punika kawontenan tandha kanthi lafad Allah.

Tandha Mustaka lafad Allah wonten makna lambangipun inggih

punika manungsa kedah sujud dhumateng Gusti Allah lan taat njalani

parintahipun ateges taqwa lan istiqomah, kados asil wawanrembag

ing andhap punika:

Tanda mustaka di maket masjid agung Demak dengan lafadAllah, makna lambangnya bahwa manusia harus sujud kepada Allahdan taat menjalankan perintahnya artinya taqwa dan istiqomah(Santo: 8 Juni 2010).

5) Tumpeng werni pethak

Tumpeng wujuding maket Masjid punika salebetipun wonten

isinipun. Isinipun minangka tandha inggih punika tumpeng werni

pethak kanthi ulam, pithek, sambel goreng, gereh pethek, bergedel,

tempe tahu. Makna lambangipun pangarep-arep sadaya cita-cita

ingkang inggil supados saged kalaksanan kanthi sae, kados asil

wawanrembag ing andhap punika:

Didalam maket Masjid isinya terdapat tumpeng putih denganikan, ayam, sambel goreng, gereh pethek, bergedel, tempe tahu semuaitu melambangkan harapan cita-cita yang tinggi supaya semua dapatterlaksana dengan baik atau terwujud (Farida: 11 Juni 2010).

6) Tumpeng kanthi jangan urap

Page 67: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Tumpeng werni pethak saking maket Masjid punika wonten

jangan urapipun. Janganan urap punika arupi pitung werni inggih

punika godhong tela, kacang panjang, kecambah, keciper, kol,

lembayung, petet (mlanding). Kawastanan mawi jangan urap amargi

jangan punika dipunurap dados setunggal kaliyan bumbunipun.

Bumbu punika antawisipun kerambil ingkang enem, trasi, uyah,

brambang, lombok, micin. Makna lambang saking tumpeng kasebat

minangka lambang pitulung, panyuwun guyub rukun, kados asil

wawanrembag ing andhap punika:

Jangan urap ada tujuh macam ditumpeng putih yaitu godhongtela, kacang panjang, kecambah, keciper, kol, lembayung, petet(mlanding) dicampur menjadi satu dengan bumbunya, kelapa muda,trasi, uyah, brambang, lombok, micin. Maknanya pitulung, panyuwunguyub rukun (Farida: 11 Juni 2010).

7) Gedhang Raja

Gedhang rajanipun wonten saklirang. Gedhang raja saklirang

minangka tandha ingkang katata ing ngajengipun maket Masjid.

Gedhang raja lambang saking sipatipun raja. Raja ingkang

dipunwastani inggih punika Sultan Raden Pattah. Raja punika

minangka pemimpin rakyat ingkang mujudaken kasejahteraan,

gesangipun adil lan makmur, kados asil wawanrembag ing andhap

punika:

Pisang raja saklirang melambangkan sipat seorang raja yaituSultan raden Pattah bahwa raja itu hanya satu dan tiada duanyadengan harapan akan menjadi pemimpin masyarakat untukmewujudkan kesejahteraan hidup yang adil dan makmur (Santo: 8Juni 2010).

Page 68: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

8) Sekul

Sekul ingkang wonten ing tumpeng kerucut cacahipun wolu

dipundamel ngantos ewunan. Sekul punika minangka lambang

kakuwatan, amargi sekul punika panganan pokok ingkang

ndadosaken panguat awak ira. Supados saged dipunparingaken para

pengujung pramila dipundamel sekul golong utawi sega golong.

9) Sega golong

Sega golong inggih punika sekul werni pethak ingkang

dipunbuntel kaliyan godhong gedhang dipunsukani tigan dadaran.

Tandha sega golong punika minangka lambang panuwun kumpuling

kawula Gusti, kados asil wawanrembag ing andhap punika:

Sega golong dipunsukani tigan dadaran makna lambangnyapanuwun kumpuling kawula Gusti (Farida: 11 juni 2010 ).

10) Tumpeng Sanga

Tumpeng sanga minangka tandha saking sadaya tumpeng

ingkang cacahipun sanga inggih punika setunggal tumpeng ageng

wujudipun maket Masjid Agung Demak lan tumpeng kerucut ingkang

cacahipun wolu. Tumpeng sanga nglambangaken Wali Sanga, wali

ingkang sampun damel Masjid Agung Demak.

Wujud lan isinipun saking tumpeng sanga ingkang sampun

kaanalisis punika, supados gamblang dipundamel Tabel kados ing

ngandhap punika inggih punika:

Page 69: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

No Wujuding Tumpeng Isinipun Tumpeng

1.

2.

Maket masjid agungDemak ingkang tumpengsetunggal

Tumpeng kerucut ingkangcacah wolu

Tumpeng werni pethak wonten janganurap (godhong tela, kacang panjang,kecambah, keciper, kol, lembayung,petet (mlanding) ) dipunurap dadossetunggal kaliyan bumbunipunkerambil ingkang enem, trasi, uyah,brambang, lombok, micin., wontenulam, pithek, sambel goreng, gerehpethek, bergedel, tempe tahu lanngajengipun dipunsukani gedhang rajadipundelehaken ing tampah.

Ing lebetipun wonten sega golong.Sega golong inggih punika sega pethakdipunkepel-kepel lajeng dipunbuntelgodhong gedhang dipunsukani tigandadaran lan cacahipun wonten ewunan.

Analisis ing nginggil punika ngengingi tandha lan makna

lambang tumpeng sanga, supados gamblang dipundamel Tabel kados

mekaten inggih punika:

No Tumpeng Sanga Makna lambang

1.

2.

Cendhela maket Masjid cacahenem

Kori maket Masjid cacahgangsal

Lambang rukun iman inggih punikaiman dhumateng Gusti Allah SWT,iman dhumateng malaikat-malaikatAllah, iman dhumateng kitab-kitabAllah, iman dhumateng Rosul-rosulAllah, iman dhumateng Taqdir lanQodar, lan iman dhumateng dintenkiamat.

Nglambangaken rukun Islam.Inggih punika maos kalih kalimahsyahadat, nglampahi sholat gangsalwekdal sedinten sedalu, nglampahipasa ing wulan ramadhon, zakat lanngibadah haji kangge ingkangsaged.

Page 70: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

3.

4.

5.

6.

7.

8.

9.

10.

Atap maket Masjiddipundamel kanthi susun tiga

Mustaka maket Masjid mawilafad Allah

Tumpeng werni pethakkanthi ulam, pithek, sambelgoreng, gereh pethek,bergedel, tempe tahu.

Tumpeng kanthi Jangan uraparupi pitung werni godhongtela, kacang panjang,kecambah, keciper, kol,lembayung, petet (mlanding)dipunurap dodos setunggalkaliyan bumbunipun.

Gedhang raja saklirang

Sekul

Sega golong

Tumpeng sanga

Nglambangaken bilih pemelukAgama Islam kedah nggadhahiIman, Islam lan Ikhsan.

Makna lambangipun manungsakedah sujud dhumateng Gusti Allahlan taat njalani parintahipun ategestaqwa utawi istiqomah.

Makna lambangipun pangarep-arepsadaya cita-cita ingkang inggilsupados saged kalaksanan kanthisae.

Makna lambangipun pitulung,panyuwun guyub rukun.

Minangka lambang sipatipun raja.

Lambang kakuwatan, amargi sekulpunika panganan pokok ingkangndadosaken panguat awak ira.

Minangka lambang panuwunkumpuling kawula Gusti.

Nglambangaken wali ingkangsampun damel Masjid AgungDemak inggih punika wali sanga.

C. Pangrembag Asiling Panaliten (Intepretasi Panaliten)

Adhedhasar asiling panaliten saged dipuntingali bilih upacara

slametan tumpeng sanga salebeting tradhisi Grebeg Besar minangka

upacara slametan ingkang kawaris kanthi turun tumurun, kaadani saben

Page 71: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

setunggal warsa sapisan inggih punika 10 Dzulhijjah. Ancasing punika

kangge kaslametanipun sadaya para warga bebrayan Demak.

Tumpeng sanga dipundamel kanthi cacahipun sanga minangka

nglambangaken cacahipun para wali inggih punika Wali Sanga. Wujuding

tandha lan makna lambangipun ing tumpeng sanga katingal sanget.

Tumpeng ingkang setunggal ageng wujudipun maket Masjid Agung

Demak salebetipun wonten tumpeng werni pethak lan jejanganan, ulam

lan sanes-sanesipun. Dene tumpeng ingkang wolu wujuding kerucut

salebetipun wonten sega golongipun.

Tandha-tandha lan lambang ing asiling panaliten punika

minangka kagolong satunggaling ngilmu semiotika. Miturut Ferdinand De

Saussure (1857-1913) semiotika inggih punika ngilmu ingkang sacara

sistematis nyinauni tandha-tandha lan lambang.

Bebrayan mliginipun bebrayan Demak kathah ingkang boten

mangertosi tandha lan makna lambang saking tumpeng sanga punika.

Ananging saking tumpeng sanga punika dipunpitadosi dening bebrayan.

Guneman saking Bapa Sokib salah satunggaling warga ingkang ningali

upacara tumpeng sanga punika, piyambakipun pitados bilih sekul saking

tumpeng saged ngasilaken panen ulam ingkang kathah. Dene bebrayan

ingkang pakaryanipun dodolan angsal sekul tumpeng supados sadeyanipun

lares, lan bebrayan ingkang tasih prawan utawi jaka angsal sekul tumpeng

supados cepak jodhohipun. Sadaya punika anamung kapitadosan

kemawon.

Page 72: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Kapitadosan punika dipunjumbuhaken kaliyan bobot ajining

agami kaleresan boten sae. Amargi kapitadosan punika ndadosaken

musyrik. Agami Islam boten wonten ajaran-ajaran kados punika.

Wilujengan tumpeng sanga punika anamung dados pengajian ingkang

becik. Sinten kemawon ingkang mirengaken lan mersani angsal ganjaran

ingkang kathah. Boten anamung punika kemawon dipungayutaken kaliyan

bobot ajining sosial ndadosaken bebrayan saged guyub rukun lan tulung

tinulung sesami bebrayan sanesipun.

Wondene ancasing saking upacara tumpeng sanga salebeting

tradhisi Grebeg Besar punika inggih punika:

1. Nglestantunaken tradhisi punika minangka raos syukur dhumateng

Allah SWT ingkang paring rahmat wontenipun Kasultanan Bintoro

Demak.

2. Ningkataken potensi pesantren Al-Quran kanthi ngawontenaken

Hataman Al-Quran wonten ing masjid Agung Demak. Jejibahan

punika ingkang nglampahi dening para santri pesantren Al-Quran.

Antawisipun saking santri BUQ Betengan Demak lan Nurul Hikmah

Mrebotan Demak.

3. Mengeti kemenangan pasukan kerajaan Demak amargi sampun saged

ngalahaken kerajaan Majapahit ingkang dipunkuasai dening Prabu

Girindrawardhana.

4. Jejibahan syiar Islam ing dinten Idul Adha (Wulan Kurban), supados

tiyang Islam purun nglampahi sariat Islam inggih punika

Page 73: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

nglaksanakaken ibadah sunnah korban.

5. Nambahi income (pedapatan) kangge dhaerah Kabupaten Demak.

6. Ndhidhik masarakat Islam supados wanton ngurbanken kangge bela

nagari. Hadis Nabi Muhammad SAW inggih punika: Cinta Negara

adalah sebagian dari Iman.

Page 74: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

BAB V

PANUTUP

A. Dudutan

Adhedhasar pangrembag asiling panaliten upacara tumpeng sanga

salebeting tradhisi “Grebeg Besar” Demak: satunggaling pangrembag

semiotika. Pramila saged dipundudut bilih upacara tumpeng sanga

minangka salah satunggalipun warisan budaya ing kitha Demak.

Upacara punika kawontenan saben surya 10 Dzulhijjah tabuh

19.30 dalu. Papan wonten ing Masjid Agung Demak. Saderengipun

tumpeng punika dipunbeta saking Pendopo Kabupaten Demak kanthi

dipuniringi ulama, para santri, sarta Muspida lan tamu undhangan ingkang

tumuju ing Masjid Agung Demak. Tumpeng ingkang cacahipun sanga

kasebat minangka nglambangaken wali Sanga. Slametan punika

kalaksanan kanthi kekarepan supados sadaya bebrayan Demak

dipunparingi kaberkahan, kaslametan dunya lan akhirat ing ngarsanipun

Allah SWT.

Tumpeng ingkang ageng arupi maket Masjid Agung Demak

dipundamel bahanipun triplek lan kayu. Atap Masjid dipundamel kanthi

susun tiga mirip mawi pure Hindu. Nglambangaken bilih pemeluk Agama

Islam kedah nggadhahi Iman, Islam lan Ikhsan. Ing cendhelanipun Masjid

dipundamel cacahipun enem nglambangaken bilih pemeluk Agama Islam

kedah nggadhahi Iman, Islam lan Ikhsan. Dene korinipun cacahipun

gangsal, nglambangaken rukun Islam. Mustaka ing tumpeng arupi Masjid

Page 75: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Agung Demak, tandha lafad Allah minangka lambang manungsa kedah

sujud dhumateng Gusti Allah lan taat njalani parintahipun ateges taqwa

utawi istiqomah. Kalajengaken dipunsukani cat pawarna supados katon sae

kados Masjid Agung Demak.

Dene tumpeng ingkang wolu wujudipun kerucut. Dipundamel

saking pring dipunketoki dhuwuripun kinten-kinten 50 cm. Kalajengaken

dipunrangkai nyrupai wujud kerucut. Tutupipun kadamel mawi kertas

semen. Kalajengaken dipunsukani cat lan dipunhiasi kertas warni supados

katon menarik. Supados tumpeng ingkang ageng punapa ingkang alit

saged dipunpanggul, dipunsukani kalih pring kiwa tengen ingkang tengah-

tengahipun dipunsukani tampah. Tampah punika kangge ndekekaken isi

tumpeng.

Isinipun tumpeng ageng wujudipun maket Masjid Agung Demak

inggih punika: Tumpeng werni pethak, wonten jangan urap arupi godhong

tela, kacang panjang, kecambah, keciper, kol, lembayung, petet (mlanding)

dipunurap dodos setunggal kaliyan bumbunipun, punika minangka

lambang pitulung, panyuwun guyub rukun. Kalajengaken wonten ulam,

sambel goreng, gereh pethek, bergedel, tempe tahu makna lambangipun

pangarep-arep sadaya cita-cita ingkang inggil supados saged kalaksanan

kanthi sae. Ngajengipun dipunsukani gedhang raja. Nglambangaken

sipatipun raja. Raja ingkang dipunmaksud inggih punika Sultan Raden

Pattah, minangka dados pemimpin bebrayan kangge mujudaken

kasejahteraan gesanging adil lan makmur.

Page 76: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Dene tumpeng ingkang wolu wujud kerucut ing lebetipun wonten

sega golongipun. Sega golong inggih punika sega pethak dipunbungkus

godhong gedhang dipunsukani tigan dadaran. lambang panuwun

kumpuling kawula Gusti. Sadaya punika kasimpulan saking asiling

panaliten. Pramila panaliti nudhuhaken bilih ing upacara Tumpeng Sanga

salebeting tradhisi Grebeg Besar Demak wonten satunggalipun

pangrembag semiotika inggih punika ngengingi tandha (ikon) lan makna

lambang utawi simbolipun.

B. Pamrayogi

Adhedhasar asil panaliten kanthi irah-irahan “Upacara Tumpeng

Sanga salebeting Tradhisi Grebeg Besar Demak: satunggaling pangrembag

semiotika”, pamrayogi ingkang saged dipunaturaken panaliti inggih

punika:

1. Dhumateng pamarintahan kitha Kabupaten Demak sareng-sareng

kaliyan Dinas Pariwisata lan Kabudayaan Kabupaten Demak ugi

bebrayan Demak kedahipun ngusahaaken supados upacara tumpeng

sanga salebeting tradhisi Grebeg Besar Demak punika tansah

dipunuri-uri kawontenanipun, amargi tradhisi punika khas lan saged

dados asset ing Kabupaten Demak.

2. Dhumateng bebrayan mliginipun bebrayan Demak supados langkung

ngregani lan nglestantunaken tradhisi Grebeg Besar ing upacara

Tumpeng Sanga minangka asil warisaning budaya bangsa supados

Page 77: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

boten musna.

3. Dhumateng sasinten kemawon ingkang badhe njangkepi lan

nglajengaken panaliti punika kedahipun langkung taliti ngengingi

tradhisi Grebeg Besar mliginipun upacara Tumpeng sanga. Amargi

punika minangka salah satunggalipun budaya Jawi ingkang kedah

dipunlestantunaken.

Page 78: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

KAPUSTAKAN

Ahmad, Asep Hidayat. 2006. Filsafat Bahasa Mengungkap Hakikat Bahasa,Makna, dan Tanda. Bandung: PT Remaja Rosdakarya.

A. kasah, Hamid. 2006. Sejarah dan Legenda Grebeg Besar Kota Wali Demak.Demak: CV. Cipta Adi Grafika.

Atmodjo, S. Prawiro. 1990. Bausastra Jawa. Surabaya: PT. Cipta Jaya Murti.

Bastomi, Suwaji. 1995. Seni Dan Budaya Jawa. Semarang: IKIP Semarang Press.

Danandjaja, James. 2007. Folklor Indonesia. Jakarta: Pustaka Utama Grafiti.

Dinas Pariwisata Kabupaten Daerah Tingkat II Demak. 1987. Upacara GrebegBesar di Kabupaten Demak.

Dinas Pariwisata Kabupaten Daerah Tingkat II Demak. 1995. Upacara GrebegBesar di Kabupaten Demak.

Endraswara, Suwardi. 2003. Metodologi Penelitian Kebudayaan. Yogyakarta:Gajah Mada University Press.

Geertz, Clifford. 1959. Abangan, Santri, Priyayi Dalam Masyarakat Jawa.Yogyakarta : Pustaka jaya.

Herusatoto, Budiono. 2001. Simbolisme dalam Budaya Jawa. Yogyakarta: PT.Hanindita Graha Widia.

Koentjaraningrat. 2004. Kebudayaan Mentalitas dan Pembangunan. Jakarta: PT.Gramedia Pustaka Utama.

Koentjaraningrat. 2004. Manusia Dan Kebudayaan Di Indonesia. Jakarta:Djambatan.

Moleong, J. Lexy. 2001. Metodologi Penelitian Kualitatif. Bandung: PT. RemajaRosdakarya.

M Setiadi, Elly, dkk. 2007. Ilmu Sosial dan Budaya Dasar. Jakarta: KencanaPrenada Media Group.

R. Soemodidjojo. 2008. Kitab Primbon Betaljemur Adammakna. Ngayogyakarta:CV. Buana Raya.

Semedi, Pujo dan Kasri, Khafid. 2008. Sejarah Demak Matahari Terbit di GlagahWangi. Demak: Syukur.

Page 79: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Soeranto dan Mulyani, Sri. 2004. Budaya Jawi. Surakarta: CV. Cendrawasih.

Sufi S. Y. 2008. Tumpeng. E-mail kepada Bill dan Conklin Indah([email protected]) tanggal 25 Mei 2008

Suhartati, dkk. 2007. Fungsi dan Makna Simbolis Genta di Jawa Tengah.Semarang: Dinas Pendidikan.

Sumaryanto F, Totok. 2007. Pendekatan Kuantitatif dan Kualitatif. Semarang:Unnes Press.

Zoes Aart Van dan Sudjiman Panuti. 1992. Serba-Serbi Semiotika. Jakarta: PT.Gramedia Pustaka Utama.

http://ncc.blogsome.com/2006/06/14/228/trackback.

Page 80: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Dhaftar Informan

1. Asma : Bapak Rohmat

Yuswa : 28 Taun

Padamelan : Ketua Perpustakaan Masjid Agung Demak

Alamat : Tanubayan RT 06/ 09 Demak

2. Asma :Ibu Isowarni, S. Sos

Yuswa : 51 Taun

Padamelan : Kepala Bidang Budaya lan Seni Demak

Alamat : Perum Mangunjiwan Indah RT 05/ 01 Demak

3. Asma : Bapak Santo

Yuswa : 59 Taun

Padamelan : Pegawe Dinas Pariwisata lan Kabudayaan Demak.

Alamat : Waru RT 03/ 03 Demak.

4. Asma : Bapak Sokib

Yuswa : 34 Taun

Padamelan : Guru SMP N I Karang Tengah

Alamat : Gebang Bonang RT 01/ 04 Demak.

5. Asma :Ibu Farida

Yuswa : 39 Taun

Padamelan : Swasta

Alamat : Jl. Onggorawe Gemulak Jogo Gang 03

RT 04/ 02 Demak

Page 81: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Asil Wawancara

Asma : Bapak Santo

Yuswa : 59 Taun

Padamelan : Pegawe Dinas Pariwisata lan Kabudayaan Demak.

Alamat : Waru RT 03/ 03 Demak.

Wawancara nalika surya 8 Juni 2010, tabuh 10.00 WIB

Panaliti : Bapak nyuwun priksa kinten-kinten saking pundi kawontenanipun

Tradhisi Grebeg Besar Demak punika?

Pak Santo : Inggih kawit jamaning kerajaan Raden Pattah, nanging kalarumiyen

anamung slametan kurban kemawon.

Panaliti : Slametan kurban pripun?

Pak Sannto : ngene lho duk, biyen iku raja asring ngadakake sing jenenge pesta

kurban. Lha saka kurban iku digawe sesaji.

Panaliti : Ingkang dados sesaji punika menapa?

Pak santo : asringe kewan kayata kebo lan sapi.

Panaliti : Lha saniki punapa tasih wonten bapak?

Pak Santo : Inggih wonten, nanging sampun dipunewahi.

Panaliti : Kados punapa ewahanipu?

Pak Santo : Kayata biyen Raden Pattah boten remen yen wonten tradhisi kuwi,

lajeng saking sarane para Wali sanga supados dipunewahi. Umpama

yen nyembelih kedah dipundongani

Panaliti : Punapa saking punika bebrayan sarujuk?

Page 82: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Pak Santo : Inggih boten, nanging saka kearifaning para wali kuwi mula iku

dianakake sing jenenge Grebeg Besar

Panaliti : Kenging menapa naminipun grebeg Besar?

Pak santo : mundhut saka wulan Besar 10 Dzulhijjah ing kana ana upacara

slametane.

Panaliti : Naminipun upacara punapa?

Pak santo : Upacara Tumpeng sanga utawa iring-iringan tumpeng sanga.

Panaliti : Punapa wonten tandha makna symbol saking tumpeng menika?

Pak Santo : Inggih wonten sadaya nglambangake para wali sanga

Panaliti : Dene ngengingi unsure ingkang sanes punapa?

Pak Santo : Kayata tumpeng sing bentuke maket Masjid Agung Demak yaiku

1. Tandha jendelane ana enem, minangka lambang rukun Iman yaiku iman

dhumateng Gusti Allah SWT, iman dhumateng malaikat-malaikat Allah,

iman dhumateng kitab-kitab Allah, iman dhumateng Rosul-rosul Allah,

iman dhumateng Taqdir lan Qodar, lan iman dhumateng dinten kiamat.

2. Tandha kori ing Masjid Agung Demak ana lima, nglambangaken rukun

Islam. Yaiku maos kalih kalimah syahadat, nglampahi sholat gangsal

wedal sedinten sedalu, nglampahi pasa ing wulan ramadhon, zakat lan

ngibadah haji kanggo sing bisa.

3. Tandha atap ing Masjid Agung Demak digawe kanthi susun tiga kados

pure Hindu, nglambangaken bilih pemeluk Agama Islam kedah nggadhahi

Iman, Islam lan Ikhsan.

Page 83: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

4. Mustaka ing tumpeng arupi Masjid Agung Demak, tandha lafad Allah

minangka lambang manungsa kedah sujud dhumateng Gusti Allah lan taat

njalani parintahipun.

5. Sekul minangka lambang kakuwatan, amargi sekul punika panganan

pokok ingkang ndadosaken panguat awak ira.

6. Gedhang raja saklirang nglambangaken sipatipun raja. Raja sing

dipunmaksud yaiku Sultan Raden Pattah, minangka dados pamimpin

masarakat kangge mujudaken kasejahteraan gesanging adil lan makmur.

7. Makna lambang saking sadaya tumpeng sanga minangka nglambangaken

wali ingkang sampun damel Masjid Agung Demak inggih punika wali

sanga

Panaliti : Matur nuwun bapak

Pak santo : Inggih sami-sami. Sukses ya

Panaliti : Amin.

Page 84: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Asma : Bapak Sokib

Yuswa : 34 Taun

Padamelan : Guru SMP N I Karang Tengah

Alamat : Gebang Bonang RT 01/ 04 Demak

Wawancara nalika surya 9 Juni 2010, tabuh 15.00 WIB

Panaliti : Bapak punapa jenengan mangertos tradhisi Grebeg Besar Demak?

Pak Sokib : ngertos mung sangertine wae.

Panaliti : Kados Pripun Bapak?

Pak Sokib : Inggih mung ngerameke ing wulan Idul Adha

Panaliti : Menapa wonten pahargyan sanes salebeting tradhisi punika?

Pak Sokib : kathah umpamane upacara slametan tumpeng sanga.

Panaliti : kenging menapa kawontenan slametan tumpeng sanga?

Pak Sokib : inggih ngurmati saking pengorbanane Nabi Ibrahim lan ing kana

kanggo jamaah haji uga nglakoni kurban nyembelih wedus, sapi lan

liya-liyane mula kuwi anane mung wulan 10 Besar.

Panaliti : Punapa wonten gegayutane kaliyan tumpeng sanga.

Pak Sokib : Inggih wonten, saka kurban kuwi uga ana sedhekah bumi sing

jenenge tumpeng sanga.

Panaliti : Kengimg menapa naminipun tumpeng sanga?

Pak Sokib : Amarga jumlahe sanga ngono wae akeh masarakat sing padha

keroyokan.

Page 85: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Panaliti : Kok saged damel menapa?

Pak Sokib : inggih supados sadaya slamet ing dunya akhirat lan dagangan lares.

Panaliti : Kados pundi prosesi upacara punika?

Pak Sokib : inggih mung tumpeng diiring lan ana tembangane.

Panaliti : Tembang menapa?

Pak Sokib :Ilir-ilir uga sholawatan.

Panaliti : punapa wonten maknanipun saking punika?

Pak Sokib : Menawi dipuntlusuri maknane nggambaraken perkembangan

agama Islam sing dipunsiaraken dening para wali sampun mulai

bangkit (wis sumilir) sansaya dangu sansaya subur (royo-royo),

amarga ditampa para pengembala ngibarataken umat Islam (cah

angon-cah angon), nglampahi sholat gangsal wekdal sadinten

sadalu (woh-wohan blimbing seginipun gangsal) senajan awrat

nglampahi punika, (lunyu-lunyu peneken) kangge nyempurnakaken

agamamu (dodot, busana, ageman, dipunibarataken agama Islam).

Dene imanmu tasih goyang, kahanan ngewatiraken (tepinipun

compang camping) kasempurnakaken kanthi sasae-saenipun

(dhondhomono jlumatono) kangge ngadhep Allah ing dinten akhir

samangke (kanggo sebo mengko sore), sanajan tasih wonten

kasempatan urip ing dunya ginakaken kanthi sukacita (surak hiye).

Panaliti : Sae sanget Bapak. Matur nuwun

Pak Sokib : Sami-sami, menawa ana apa-apa takon wae.

Panaliti : Inggih. Nuwun

Page 86: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Asma :Ibu Isowarni, S. Sos

Yuswa : 51 Taun

Padamelan : Kepala Bidang Budaya lan Seni Demak

Alamat : Perum Mangunjiwan Indah RT 05/ 01 Demak

Wawancara nalika surya 10 Juni 2010, tabuh 09.30 WIB

Panaliti : Ibu saged nyuwun wekdalipun sekedap.

Bu Isowarni : Inggih mangga.

Panaliti : Gegayutan mawi tugas akhir saking kampus kula badhe

ngawontenaken panaliten ing mriki.

Bu Isowarni : inggih, napa judule mbak.

Panaliti : Upacara tumpeng sanga salebeting tradhisi Grebeg Besar Demak.

Bu Isowarni: Oh ya, ngeten mbak asline upacara iku ora ana namine slametan

tumpeng sanga utawa iring-iringan tumpeng sanga.

Panaliti : Lha kok saged ibu.

Bu isowarni : Inggih saged, amarga dideleng saka prosesine.

Panaliti : kados pundi prosesi ngengingi tumpeng sanga punika?

Bu Isowarni : saderenge tumpeng dipuniring langkung rumiyen dipunkempalaken

wonten ing Pendopo Kabupaten Demak.

Panaliti : kawiwitan tabuh pinten?

Bu Isowarni : Tabuh 19.30 dalu surya 10 Dzulhijjah.

Page 87: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Panaiti : Kados pundi urut-urutanipun iring-iringan tumpeng sanga?

Bu Isowarni : Urutane Kaperang wonten gangsal yakuwi

Sepisan, wonten tarian jipin lan wirama group rebana saking para

santri kanthi sholawatan.

Kaping kalih, laporan seksi upacara kaagamaan

Panaliti : Kaaturaken Dening sinten Bu?

Bu Isowarni : Dening kepala kantor Departemen agama Kabupaten Demak

dhumateng Bapak Drs. H. Taftah Zani, MM. minangka Bupati

Demak.

Panaliti : Sinten ingkang bikak ing acara punika?

Bu isowarni : acara pambuka saking Bupati Demak dipunwiwiti kanthi maos

Basmalah lan Allahu Akbar. Kalajengaken iring-iringan tumpeng

sanga lumaku saking Pendopo kabupaten Demak tumuju ing

Masjid Agung Demak. Sasampunipun dugi ing Masjid Agung

Demak, acara pambuka slametan kawiwitan kanthi pengajian

umum kalajengaken waosan donga. Acara panutupe pemotongan

tumpeng dening Bupati, kalajengaken tumpeng ingkang wolu

isinipun sega golong saged dipunbagiaken para pengunjung.

Panaliti : Punapa wonten mupangatipun?

Bu Isowarni : Kathah masarakat sing mupangatake tumpeng iku.

Panaliti : Kagem punapa Bu?

Bu Isowarni : Gih miturut kepecayaan masarakat apa sing dijalok bisa kalaksanan

Page 88: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Asma : Bapak Rohmat

Yuswa : 28 Taun

Padamelan : Ketua Perpustakaan Masjid Agung Demak

Alamat : Tanubayan RT 06/ 09 Demak

Wawancara nalika surya 9 Juni 2010, tabuh 11.00 WIB

Panaliti : Bapak nyuwun priksa ngengingi tumpeng sanga Demak

Pak Rohmat : Inggih pripun mbak, punapa ingkang saged kula bantu.

Panaliti : Ngeten Bapak kula madosi sinten ingkang damel tumpeng sanga?

Pak Rohmat : Oh kula piyambak mbak, wonten napa?

Panaliti : Kados pundi caranipun damel tumpeng punika?

Pak Rohmat : Tumpeng cacahe ana sanga. Ingkang tumpeng ageng arupi maket

Masjid Agung Demak dipundamel bahane saka triplek lan kayu.

Atap Masjid dipundamel kanthi susun tiga mirip mawi pure Hindu.

Jendelanipun Masjid dipundamel cacahe enem lan korinipun

cacahe sanga. Kalajengaken diwehi cat pawarna supaya apik indah

kados Masjid Agung Demak.

Panaliti : Lha ingkang tumpeng wolu kados pundi?

Pak Rohmat : Dene tumpeng wolu bentuke kerucut. Dipundamel saka pring

lajeng dipunketoki, dhuwure kinten-kinten 50 cm. Kalajengaken

dipunrangkai nyrupai wujud kerucut. Tutupipun dipundamel mawi

kertas semen. Kalajengaken dipunsukani cat lan dipunhiasi kertas

warni supados katon menarik. Supaya tumpeng ageng punapa alit

Page 89: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

saged dipunpanggul, dipunsukani kalih pring kiwa tengen ingkang

tengah-tengahipun dipunsukani tampah. Tampah punika kangge

ndekekaken isi tumpeng.

Panaliti : Isinipun punapa?

Pak Rohmat : Saka wolu tumpeng iku jerone wonten sega golonge

Panaliti : Lha ingkang tumpeng ageng?

Pak Rohmat : Oh iku tangkleta karo bu Farida, amarga sing gawe ora mung kula

tok

Panaliti : Inggih, Bapak ngengingi sega golong punika kagem menapa?

Pak Rohmat : inggih dibagiake kagem masarakat ngono wae tasih padha

keroyokan.

Panaliti : Punapa kirang kathah damelipun?

Pak Rohmat : wah ewunan mbak patokane patang ewu sego

Panaliti : Punapa wonten maknanipun?

Pak Rohmat : Gih sadaya menika namung dadosaken guyub rukun mawon.

Panaliti : Bapak ngengingi prosesi tumpeng piyambak kados pundi?

Pak Rohmat : Kurang ngerti mung gih Slametan anane tanggal 10 dzulhijjah jam

19.30 dalu.

Panaliti : Papanipun wonten pundi?

Pak Rohmat: wonten ing Masjid Agung Demak, Sadurunge tumpeng sanga saka

Pendopo Kabupaten rumiyin.

Panaliti : kados pundi arak-arakanipun tumpeng?

Pak Rohmat : Wah gih rame, kathah sing ngiring.

Page 90: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Panaliti : Sinten kemawon Bapak?

Pak Rohmat : Kejaba Bupati, ing kana sing ngarak dibagi pirang-pirang klompok.

Panaliti : Tuladhanipun bapak?

Pak Rohmat : Umpama klompok satunggal wonten sing beta spanduk, vandel,

manggar, bendera, para wali sanga, tumpeng ageng setunggal,

tumpeng alit wolu, ing wingkingipun group rebana kanthi

nembangaken tembang ilir-lir, ing iring kiwa lan tengen barisan

ingkang beta obor, lan para tamu undhangan ugi para pengunjung

ulama, para santri, sarta Muspida lan tamu undhangan.

Panaliti : Punapa sadaya wonten lambangipun?

Pak Rohmat : Ngertos kula mung tumpeng sanga nglambangake wali sanga,

luwih gamblange tangklet Bapak santo piyambake wonten Dinas

Budaya.

Panaliti :Inggihpun matur nuwun.

Pak Rohmat : Sami-sami mbak.

Page 91: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Asma :Ibu Farida

Yuswa : 39 Taun

Padamelan : Swasta

Alamat : Jl. Onggorawe Gemulak Jogo Gang 03

RT 04/ 02 Demak

Wawancara nalika surya 11 Juni 2010, tabuh 11. 00 WIB

Panaliti : Assalamualaikum

Bu Farida : Waalaikum salam, wonten napa mbak.

Panaliti : Nyuwun priksa ngengingi kados pundi caranipun damel tumpeng

sanga punika?

Bu Farida : carane mung saben isine tumpeng setunggal wujud maket Masjid

Agung Demak yaikuTumpeng werni pethak, wonten jangan urape

Panaliti : Jangan urapipun punapa kemawon?

Bu Farida : Gih wonten pitung werni kayata, godhong tela, kacang panjang,

kecambah, keciper, kol, lembayung, petet (mlanding) dipun urap

dodos setunggal.

Panaliti : Punapa kemawon bumbunipun?

Bu Farida : Bumbune kerambil ingkang enem, laos, trasi, uyah, micin,

brambang, Lombok.

Panaliti : kenging menapa kedah pitu Bu?

Bu Farida : Minangka lambang pitulung, panyuwun guyub rukun.

Page 92: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Panaliti : Lha ulamipun punapa kemawon?

Bu Farida : pithek, sambel goreng, gereh pethek, bergedel, tempe tahu.

Panaliti : Punapa maknanipun Bu?

Bu Farida : Oh sadaya punika makna lambangipun pangarep-arep, cita-cita

ingkang inggil supados saged kalaksanan kanthi sae.

Panaliti : Ngengingi tumpeng ingkang wolu kados pundi?

Bu Farida : Niku mung isine sega golong sing dikepel-kepel lajeng dipunbuntel

karo godhong gedhang lan wonten tigan dadare.

Panaliti : nglambangaaken punapa Bu?

Bu Farida : minangka lambang panuwun kumpuling kawula Gusti.

Panaliti : Oh ngoten, matur nuwun gih bu.

Bu Farida : Sami-sami mbak.

Page 93: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Gb. 1. Pemotongan Tumpeng Dening Bupati Demak

Gb. 2. Tumpeng Setunggal saking lebetipun maket Masjid Agung

Page 94: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Gb. 3. Tumpeng Sanga

Gb. 4. Tumpeng wujud Masjid Agung Demak

Page 95: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Gb. 5. Upacara Tumpeng Sanga ing Pendopo Kabupaten Demak

Gb. 6. Masarakat utawi pengunjung nalika pembagianTumpeng Sanga sami padha Rebutan

Page 96: UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI · PDF filereferensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika

Gb. 7. Tumpeng Sanga saderengipun dipuniring

Gb. 8. Iring-iringan Tumpeng Sanga