tradhisi “jembul tulakan” ing desa tulakan … · panggulawentah saha pitedah kanthi sae tuwin...
TRANSCRIPT
i
TRADHISI “JEMBUL TULAKAN” ING DESA TULAKAN
KECAMATAN DONOROJO JEPARA LAN PIGUNANIPUN
TUMRAP BEBRAYAN
SKRIPSI
Dening:
Melia Fitriana Aida
06430317
PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA
FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI
IKIP PGRI SEMARANG
2010
ii
TRADHISI “JEMBUL TULAKAN” ING DESA TULAKAN
KECAMATAN DONOROJO JEPARA LAN PIGUNANIPUN
TUMRAP BEBRAYAN
SKRIPSI
Dipunajengaken Minangka Sarat Kangge Njangkepi Gelar Sarjana
Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang
Dening
Melia Fitriana Aida
06430317
PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA
FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI
IKIP PGRI SEMARANG
2010
iii
SKRIPSI
TRADHISI “JEMBUL TULAKAN” ING DESA TULAKAN KECAMATAN
DONOROJO JEPARA LAN PIGUNANIPUN TUMRAP BEBRAYAN
Ingkang dipunanggit lan dipunajuaken dening:
MELIA FITRIANA AIDA
NPM. 06430317
\
Dipunsarujuki dening pembimbing kangge dipunujikaken
wonten ing ngajengipun Dewan Penguji
wonten ing surya kaping Juni 2010
Pembimbing I, Pembimbing II,
Sutadi, S. Pd, M. Pd. Totok Yasmiran, S.S.
NPP. 196705041990031012
FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI
IKIP PGRI SEMARANG
iv
SKRIPSI
TRADHISI “JEMBUL TULAKAN” ING DESA TULAKAN KECAMATAN
DONOROJO JEPARA LAN PIGUNANIPUN TUMRAP BEBRAYAN
Ingkang dipunsusun lan dipunajengaken dening
Melia Fitriana Aida
NPM.06430317
Ingkang dipuntetepaken ing sangajengipun Dewan Penguji
Nalika surya kaping 7 Juli 2010 lan dipuntetepaken sampun njangkepi sarat
Dewan Penguji
Panyitra
Dra. Sri Suciati, M.Hum Dra. H.R. Utami, M.HumNPP. 196503161990032002 NPP. 916301071
Penguji 1:
1. Sutadi, S. Pd., M. Pd. ( )
NPP. 196705041990031012
Penguji II:
2. Totok Yasmiran, S.S. ( )
Penguji III:
3. Bambang Sulanjari, S.S. ( )
NPP. 077001187
FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI
IKIP PGRI SEMARANG
v
SESANTI LAN PISUNGSUNG
Sesanti
Kanthi kreativitas panjenengan, panjenengan saged kagungan
lelabetan wonten ing pundi kemawon.
Pisungsung
Allah Ingkang Maha Agung
Bapak lan Ibu ingkang kula bekteni
Mas Bagas ingkang sampun paring motivasi lan
semanget anggen kula ndamel skripsi
Kanca-kanca angkatan 2006 mliginipun kelas H
ingkang sampun biyantu lan sesarengan sinau ing
IKIP PGRI Semarang.
vi
ATUR CECELA
Alhamdulillah, panyerat ngaturaken puja-puji syukur konjuk ing
ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Awit saking limpahan rahmat sarta
hidayah-Ipun, pramila panyerat saged ngrampungaken skripsi punika ingkang
asesirah “ Tradhisi “Jembul Tulakan” ing Kecamatan Donorojo Jepara Tumrap
Pagesangan Bebrayanipun”, kanthi sae lan boten wonten alangan setunggal
punapa.
Salebetipun skripsi punika, panyerat nglenggana bilih skripsi punika taksih
kedah dipun jangkepi, awit saking winatesing kawruh panyerat. Tanpa pitulungan
saha pitedah saking sedaya tiyang, mliginipun panggulawentah saking Dosen
Pembimbing kula, skripsi punika boten saged dirampungaken. Awit saking punika
ing kalodhangan punika panyerat ngaturaken sembah nuwun ingkang tanpa upami
dhumateng ingkang sampun paring pambiyantu.
1. Muhdi, S.H, M.Hum., Rektor IKIP PGRI Semarang ingkang sampun
paring idin panaliten.
2. Dra. Sri Suciati, M.Hum. Minangka Dekan FPBS IKIP PGRI Semarang
ingkang sampun paring idin nyusun skripsi punika.
3. Dra. H.R. Utami, M.Hum., Minangka Pangarsa Program Studi Pendidikan
Bahasa dan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ingkang sampun maringi
semangat lan kawruh ingkang sanget migunani.
4. Sutadi, S. Pd., M. Pd., Minangka Pembimbing I ingkang sampun maringi
panggulawentah saha pitedah kanthi sae tuwin wicaksana pramila skripsi
punika saged dipunrampungaken kanthi sae.
vii
5. Totok Yasmiran, S.S. Minangka Pembimbing II ingkang sampun sumadya
ngalodhangaken wekdal saperlu kangge maringi pitedah saha
panggulawentah kanthi sae.
6. Bapak saha Ibu Dosen Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa,
ingkang sampun maringi kathah kawruh kangge cepengan damel skripsi
punika.
7. Para Kadang sutresna Program Studi Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa,
ingkang sampun njumurung lan paring greget tumrap panyerat kangge
ngrampungaken skripsi punika, lan sedaya tiyang ingkang boten saged
dipunsebataken dening panaliti.
Ing wasana, panyerat namung saged atur sembah nuwun ingkang
tanpa upami dhumateng sinten kemawon ingkang sampun mbiyantu
anggen kula ngrampungaken skripsi punika. Mugia amal sarta budi sae
ingkang sampun dipunparingaken tumrap panyerat, pikantuk piwales
awujud ganjaran ingkang matikel-tikel saking Gusti Allah SWT, Amin.
Semarang, 07 Juli 2010
Panaliti
viii
SARIPATHI
MELIA FITRIANA AIDA. NPM 06430317. “ Tradhisi “Jembul Tulakan” ingDesa Tulakan Kecamatan Donorojo Kabupaten Jepara lan PigunanipunTumrap Bebrayan. Skripsi Program Studi Bahasa dan Sastra Jawa.Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni. IKIP PGRI Semarang. 2010.Pembimbing I Sutadi, S. Pd., M. Pd. Pembimbing II Totok Yasmiran, S.S.
Wosing Tembung : Tradhisi “Jembul Tulakan” Tumrap Pagesangan Bebrayan.
Tradhisi “Jembul Tulakan” punika salah setunggaling tradhisi, ingkangsampun dipunpitados lan dipunanggep mitos dening bebrayan KecamatanDonorojo. Rancangan momotan ing panaliten, kados pundi sejarah mulabukanipun tradhisi“Jembul Tulakan” ing Kecamatan Donorojo, Kados pundipamanggihipun bebrayan Kecamatan Donorojo ngengingi wontenipun tradhisi“Jembul Tulakan”, lan nilai pendidikan ing salebetipun tradhisi Jembul Tulakan.Panaliten punika nggadhahi ancas supados mangertosi sejarah mula bukanipunTradhisi “Jembul Tulakan”, ugi kangge mangertosi persepsi bebrayan lanmupangat tradhisi “Jembul Tulakan” tumrap pagesangan bebrayanipun. Mupangatpanaliten kaperang dados kalih, mupangat teoriris lan praktis.
Teori ing panaliten punika migunakaken teori folklor ingkang fokusipunbabagan kabudayan, tradhisi lan mitos. Tradhisi ingkang dipunpitados bebrayanpunika nyariosaken tapa bratanipun Ratu Kalinyamat ingkang males ukumdhumateng Arya Penangsang. Tradhisi punika dipunlampahi wulan Apit dintenSenin. Kangge ngurmati tapanipun Ratu Kalinyamat punika ing jaman kalarumiyin bebrayan sesarengan ngawontenaken tradhisi “Jembul Tulakan”.Ananging saking ngrembakanipun jaman, tradhisi punika maknanipundipuntambah dados acara sedekah bumi lan kangge nelakaken raos syukurdhumateng Allah SWT.
Panggenan panaliten punika wonten ing dhusun Tulakan KecamatanDonorojo Kabupaten Jepara Propinsi Jawa Tengah. Panaliten punika kalebetpanaliten Deskriptif Kualitatif. Pangempalan datanipun lumantar sakingobservasi, wawancara, kapustakaan lan dokumentasi. Teknik analisis datasalebetipun panaliten inggih punika tahap nyerat data, deskripsiaken, nganalisislan mendhet dudutan.
Asil panaliten punika nyebataken bilih tradhisi “Jembul Tulakan”, cariyosmula bukanipun punika dumados saestu, saengga bebrayan sapunika nindakakentradhisi punika minangka nelakaken raos syukur dhumateng Allah SWT, lanparing pakurmatan dhumateng Ratu Kalinyamat.
Dudutan asil panaliten punika nyebataken mula bukanipun tradhisi“Jembul Tulakan” wonten gegayutanipun kalinyan Ratu Kalinyamat minangkadanyang dhusun Tulakan, lan tradhisi “Jembul Tulakan” gadhah nilai pendidikan.Pamrayoginipun asil panaliten tradhisi “Jembul Tulakan” minangka tradhisiingkang kedah dipun lestarekaken dening bebrayan lan dipunsengkuyung deningpamarintah.
ix
ABSTRAK
MELIA FITRIANA AIDA. NPM 06430317. “ Tradhisi “Jembul Tulakan” ingDesa Tulakan Kecamatan Donorojo Jepara lan Pigunanipun TumrapBebrayan. Skripsi Program Studi Bahasa dan Sastra Jawa. FakultasPendidikan Bahasa dan Seni. IKIP PGRI Semarang. 2010. Pembimbing ISutadi, S. Pd., M. Pd. Pembimbing II Totok Yasmiran, SS
Kata Kunci : Tradhisi “Jembul Tulakan” Tumrap Pagesangan Bebrayan.
Tradisi “Jembul Tulakan” adalah salah satu tradisi yang dipercaya dansudah dianggap mitos oleh masyarakat Kecamatan Donorojo sejak jaman dahuluhingga sekarang. Rancangan Permasalahan didalam skripsi ini adalah bagaimanaasal mulanya tradhisi “Jembul Tulakan” di Kecamatan Donorojo? Penelitimempunyai tujuan supaya mengerti bagaimana asal-usul tradisi “JembulTulakan”, juga persepsi masyarakat dan manfaat tradisi “Jembul Tulakan”terhadap kehidupan dimasyarakat. Manfaat penelitian dibagi menjadi dua yaitu,manfaat teoritis dan praktis.
Teori yang digunakan dalam penelitian ini adalah teori folklor yangterfokus pada kebudayaan, tradisi, dan mitos. Tradisi yang dipercaya olehmasyarakat itu menceritakan pertapaan Ratu Kalinyamat yang mengucap janjiakan balas dendam terhadap Arya Penangsang, karena Arya Penangsang sudahmembunuh suami Ratu Kalinyamat. Tradisi ini dilakukan satu tahun sekali bulanApit hari Senin. Untuk menghormati Ratu Kalinyamat pada jaman dahulumasyarakat mengadakan tradisi “Jembul Tulakan”, tetapi dengan berkembangnyajaman tradisi itu bertambah maknanya menjadi acara sedekah bumi dan mengucaprasa syukur kepada Allah SWT.
Tempat penelitian itu berada didesa Tulakan Kecamatan DonorojoKabupaten Jepara Propinsi Jawa Tengah. Penelitian itu termasuk dalam penelitianDeskriptif Kualitatif. Teknik pengumpulan datanya berasal dari observasi,wawancara, kapustakaan, dan dokumentasi. Teknik analisis data didalampenelitian ini dimulai dari tahap mencatat, mendiskripsikan dan mengambilkesimpulan.
Hasil dari penelitian menyebutkan bahwa tradisi “Jembul Tulakan” itucerita asal mulanya benar-benar terjadi, sehingga masyarakat melakukan tradisi“Jembul Tulakan” untuk mengucap syukur kepada Allah SWT, dan memberpenghormatan kepada Allah SWT.
Kesimpulan hasil penelitian adalah menyebutkan asal mula tradisi “JembulTulakan” ada hubungannya dengan Ratu Kalinyamat selaku danyang desaTulakan. Pendapat masyarakat mengenai tradisi “Jembul Tulakan” dan tradisi“Jembul Tulakan” mempunyai nilai pendidikan. Saran dalam penelitian ini adalahtradisi “Jembul Tulakan” adalah tradisi yang unik, oleh karena itu harusdilestarikan oleh masyarakat dan didukung oleh pemerintah.
x
DAFTAR ISI
IRAH-IRAHAN........................................................................................ i
PASARUJUKAN...................................................................................... ii
PANGESAHAN........................................................................................ iii
SESANTI LAN PISUNGSUNG.............................................................. iv
ATUR CECELA....................................................................................... v
SARIPATHI ............................................................................................. vii
ABSTRAK ................................................................................................ viii
DAFTAR ISI............................................................................................. ix
BAB I. PURWAKA .............................................................................. 1
A. Landhesan Pamilihing Irah-irahan ................................... 1
B. Momotaning Perkawis .................................................... 5
C. Ancasing Panaliten .......................................................... 6
D. Mupangating Panaliten..................................................... 6
E. Panagesing Tembung ....................................................... 7
F. Metodhe Panaliten............................................................ 12
G. Tata Rakiting Panyeratan ................................................. 18
BAB II. LANDHESANING TEORI ................................................... 20
A. Wujuding Kabudayan ...................................................... 20
B. Folklor ............................................................................. 23
C. Mitos ................................................................................ 27
D. Tradhisi. ........................................................................... 29
E. Nilai Pendidikan............................................................... 30
BAB III. TRADHISI LAN MUPANGAT PENDIDIKAN
TRADHISI “JEMBUL TULAKAN” ING DESA
TULAKAN KECAMATAN DONOROJO
KABUPATEN JEPARA ................................................. 34
A. “Jembul Tulakan” ............................................................ 34
xi
B. Persepsi Bebrayan Gegayutan Tradhisi “Jembul
Tulakan” ........................................................................... 55
C. Nilai Pendidikan ing salebetipun Tradhisi “Jembul
Tulakan” .......................................................................... 58
D. Mupangat Tradhisi “Jembul Tulakan” Tumrap Bebrayan
Panyengkuyungipun ......................................................... 62
BAB IV. DUDUTAN LAN PANYARUWE .......................................... 66
A. Dudutan .............................................................................. 66
B. Panyaruwe ........................................................................... 67
KAPUSTAKAN ....................................................................................... 68
LAMPIRAN
1
BAB I
PURWAKA
A. Landhesan Pamilihing Irah-Irahan
Manungsa punika anggenipun gesang ing bebrayan boten saged
uwal saking kabudayan. Bebrayan Jawi mliginipun ingkang sikap
gesangipun adhedhasar adat istiadat tata cara Jawi ingkang kawarisaken
dening leluhuripun. Kabudayan minangka asiling cipta, rasa lan karya
manungsa punika, nggadhahi piguna ingkang karaos sanget ing
pagesangan. Mupangat kabudayan ingkang dipunlandhesi kaliyan nilai-
nilai lan norma-norma punika, mangke saged marbawani gesang ing
bebrayan.
Sastra ingkang asring dipunprangguli ing bebrayan punika sastra
lisan. Kalebet kawedharan kabudayan, sastra lisan punika kalebet folklor
lisan. Folklor inggih punika kabudayan kolektif ingkang wonten ing
bangsa, ingkang sumebar ing salebeting wujud lisan utawi gerak isyarat
pramila ewah gingsir sambet-sumambet saking generasi dhateng generasi
selajengipun Danandjaya mratelakaken ( ing Purwadi, 2009: 1) Saged
dipuntingali menawi sastra lisan punika raket kaliyan pagesangipun
manungsa, amargi dipunsarujuki dening bebrayan Jawi kaliyan alam.
Tandha-tandhanipun punika saged dipunraosaken dening bebrayan lan
alam. Sastra lisan nggadhahi pesan, gagasan, sarta bobot nilai sastra
ingkang saged dipuntampi lan dipunraosaken dening babrayan ingkang
2
nyengkuyung. Wontenipun sastra lisan nggadhahi gegayutan kanthi
langsung kaliyan bebrayan ingkang tuwuh lan ngrembaka ing madyanipun
bebrayan, ingkang kawarisaken kanthi turun-temurun lan dados
gadhahanipun bebrayan.
Saking sedaya bentuk folklor ingkang asring dipunteliti para ahli
inggih punika cariyos gancaran rakyat. Miturut Bascom mratelakaken ( ing
Dananjaya (1986: 50) cariyos gancaran rakyat wonten tiga, inggih punika
mitos, legenda lan dongeng. Bebrayan ugi pitados dhateng kawontenaning
mitos, menawi mitos boten kasebat boten wonten blegeripun ananging
bebrayan tasih pitados menawi mitos wonten ing tengah-tengahipun
bebrayan. Cariyos rakyat utawi mitos dipunsarengi kaliyan wontenipun
tradhisi-tradhisi. Tradhisi kalebet wujudipun tatacara-tatacara ritual,
dolanan-dolanan Jawi utawi tarian rakyat (Budianta, 1990: 243).
Peursen (1988 : 11) ngandharaken bilih kabudayan punika kalebet
tradhisi, tradhisi ingkang ngandhut pangertosan pawarisan utawi
nglajengaken norma-norma, adat-istiadat kaidah-kaidah lan bandha danya.
Wosipun tradhisi punika boten saged diewahi ananging manunggal kaliyan
tindak-tanduk manungsa.
Tradhisi inggih punika warisan saking sesepuh ingkang awujud
norma-norma, adat-istiadat, kaidah-kaidah lan ugi warisan (bandha danya)
Tradhisi ingkang dipunsarengi kaliyan cariyos rakyat utawi mitos dados
peranganing kajian folklor. Supados saged mangertosi wujudipun tradhisi
ingkang sesambetan kaliyan mitos, kedah dipunginakaken kajian folklor.
3
Miturut pratelan saking tiyang ingkang tasih nguri-nguri tradhisi
“Jembul Tulakan”, wontenipun tradhisi menika wiwit jaman paprintahan
Nyai Ratu Kalinyamat. Tatacara tradhisi kangge njurung asipat batos
gegayutan kaliyan sumpah Ratu Kalinyamat. Nami “Jembul” Punika mula
bukanipun saking pirantos ingkang dipunginakaken, inggih punika deling
ingkang dipunirat (disisir) ing tatacara tradhisi “Jembul Tulakan” wonten
kalih werni Jembul, antawisipun Jembul lanang lan Jembul wadon. Jembul
lanang blegeripun deling ingkang dipunparingi rerenggan lan dipunirat
alit-alit pramila deling punika saemper kados mustaka ingkang wonten
rikamanipun, ing salebetipun wonten jadah (gemblong, jenang) Jembul
wadon ugi kadamel saking deling, ananging boten dipunparingi rerenggan
kados Jembul lanang, lan ing salebetipun wonten sekul ambengan lan
ulamipun.
Samenika tradhisi “Jembul Tulakan” badhe cures jalaran wonten
lelawanan antawisipun generasi sepuh lan generasi mudha. Dipuntingali
saking sarengating agami ugi nggadhahi kathah lelawanan. Ananging
saking bebrayan dhusun Tulakan lan pamarintah Kabupaten Jepara tasih
purun nguri-nguri tradhisi punika, saumpami boten dipunlampahi ugi
boten wonten sangsinipun. Saking lelawan punika ndadosaken tradhisi
“Jembul Tulakan” nggadhahi makna ingkang tambah lan rerangkening
tatacara ingkang ewah. Adhedhasar punika pramila prelu pamanggihing
bebrayan tumrap tradhisi “Jembul Tulakan”, jalaran nggadhahi
pangribawa ingkang sami maringi asil kangge karya sastra lan
4
bebrayanipun. Tradhisi “Jembul Tulakan” punika namung setunggal
wonten ing dhusun Tulakan, boten wonten sanesipun. Bebrayan lan
pamarintah panyengkuyungipun kedah mbudidaya supados tradhisi
“Jembul Tulakan” punika tansah ngrembaka wonten ing madyaning
bebrayan, mliginipun bebrayan Jawi.
Miturut Herimanto (2008:35) ewahing kabudayan inggih punika
babagan ingkang kadadosan saking wontenipun babagan ingkang beda lan
boten selaras malih.
Mula bukanipun wontenipun tradhisi, limrahipun wonten faktor
panyengkuyungipun bebrayan nglampahi tradhisi “Jembul Tulakan”
punika. Manawi dipuntingali bebrayan nglamapahi tradhisi “Jembul
Tulakan” punika supados angsal berkah saking Allah SWT lan ingkang
tetanen asil buminipun kathah.
Wonten kalih motif ingkang dadosaken bebrayan nglampahi
tradhisi “Jembul Tulakan” punika:
1. Motif Sejarah; amargi tradhisi “Jembul Tulakan” punika ing jaman
rumiyin kangge pakurmatan dhumateng Ratu Kalinyamat minangka
danyang dhusun Tulakan.
2. Raos syukur dhumateng Allah SWT , amargi sampun dipunparingi asil
bumi ingkang kathah, pramila bebrayan nglampahi tradhisi punika.
Tatacara tradhisi “Jembul Tulakan” ing Kecamatan Donorojo
punika nggadhahi mupangat ingkang ageng kangge bebrayan Tulakan.
5
Tradhisi punika kangge pencermin kekarepan, alat pendidikan, lan
hiburan.
Cariyos rakyat ingkang dados objek panaliten inggih punika
cariyos rakyat sejarah tatacara tradhisi ritual “Jembul Tulakan”, Desa
Tulakan Kecamatan Donorojo Kabupaten Jepara Jawa Tengah. Wonten
ing tatacara ritual “Jembul Tulakan” kathah ingkang nyuwun supados
rejekinipun gangsar, ingkang tetanen supados asil buminipun kathah lan
sitinipun subur, ingkang dados pangajeng kadosdene petinggi supados
tindak-tandukipun sae, jujur lan aparat dhusunipun saged ngayomi
bebrayanipun.
Wonten ing peneliten punika badhe dipunrembag tradhisi tatacara
ritual “Jembul Tulakan” wonten ing Desa Tulakan Kecamatan Donorojo
Kabupaten Jepara, kanthi irah-irahan “Tradhisi Jembul Tulakan ing Desa
Tulakan Kecamatan Donorojo Kabupaten Jepara lan Pigunanipun Tumrap
Bebrayan”.
B. Momotaning Perkawis
Adhedasar pratelan ing nginggil, pramila pirembagan lan panaliten
punika mangkenipun kangge ndhudhah sarta mangsuli pitakenan saking
prakawis-prakawis ing ngandhap punika.
1. Kados pundi mula bukanipun tradhisi tatacara ritual “Jembul Tulakan”
tumrap bebrayan Kecamatan Donorojo ?
2. Kados pundi pamanggih (persepsi) bebrayan Kecamatan Donorojo
ngengingi wontenipun tradhisi “Jembul Tulakan” ?
6
3. Punapa pigunanipun tumrap nilai Pendidikan ?
C. Ancasing Panaliten
Ancasing panaliten punika kasebat ing ngandhap.
1. Ngandharaken mula bukanipun tradhisi tatacara ritual “Jembul
Tulakan” tumrap bebrayan dhusun Tulakan.
2. Ngandharaken persepsi bebrayan dhusun Tulakan ngengingi tradhisi
“Jembul Tulakan”.
3. Ngandharaken nilai pendidikan ingkang wonten ing tradhisi “Jembul
Tulakan”.
D. Mupangating Panaliten
Wontenipun panaliten punika nggadhahi pangajeng-ajeng saged
migunani tumrap panaliti, bebrayan sarta lembaga akademik.
1. Mupangat Teoretis
Mupangat teoritisipun kasebat ing ngandhap punika.
a. Maringi gambaran panaliten gegayutan mitos lan tradhisi rakyat.
b. Maringi pamawas enggal bab tradhisi ingkang gesang ing
bebrayan.
2. Mupangat Praktis
Mupangat praktisipun kasebat ing ngandhap punika.
a. Supados bebrayan mangertosi babagan cariyos tradhisi tatacara
ritual Jembul Tulakan.
7
b. Supados bebrayan mangertosi punapa nilai pendidikan ingkang
wonten ing tradhisi “Jembul Tulakan”.
E. Panegesing Tembung
Supados panaliten punika boten nuwuhaken pamanggih ingkang
benten-benten, pramila kedah dipunjlentrehaken kanthi cetha babagan
tetembungan ingkang dipunginakaken ing panaliten punika.
1. Tradhisi
Peursen ( ing Hartoko, 1985: 11) tradhisi punika warisan utawi
kalajengan norma-norma, adat-istiadat, paugeran-paugeran lan
pawarisan harta kekayaan. Pratelan kasebat nggiyaraken manawi
tradhisi punika asiling kabudayan ingkang tuwuh lan ngrembaka ing
madyaning bebrayan lan dipunwarisaken kanthi turun-temurun dados
kagunganing bebrayan.
2. Mitos
Bascom mratelakaken ( ing Dananjaya, 1986: 50) ngandharaken
bilih mitos punika sami kaliyan mite. Mite inggih punika cariyos
gancaran rakyat ingkang dipunanggep saestu kedadosan sarta
dipunanggep suci dening tiyang ingkang nggadhahi. Paraga mite punika
para dewa utawi setengah dewa.
Peursen (1988: 37) mratelakaken mitos inggih punika cariyos
ingkang paring pandom lan arah tumrap kempalaning bebrayan.
Wosipun mitos punika paring arah kangge tiyang anggenipun badhe
8
tumindak. Mitos dhasaripun awujud cariyos ngengingi sesambetanipun
kaliyan alam lan manungsa, dhateng pundi tiyang ingkang cariyos
sampun ical utawi supe kaliyan bebrayan ingkang nyarujuki. Saged
dipunwawas kanthi omber, miturut Wellek lan Wirren mratelakaken (
ing Budianta, 1990: 244) menawi mitos nggadhahi sifat sosial, komunal
lan anonim. Mitos nggadhahi sifat komunal inggih punika mitos saged
dipuntampi dening bebrayan ingkang nyarujuki lan dados tuntunanipun
kagem bebrayan. Mitos darbekipun rakyat, mitos ugi dipundamel ing
madyaning bebrayan. Pangripta mitos boten dipunmangertosi.
3. Persepsi
Tembung Persepsi punika mula bukanipun saking Basa Inggris
Perception tegesipun suraos saking produk mental. Ewahing mental
ingkang prelu kula lan panjenengan penget inggih punika ingkang
wonten lan saged dipunraosaken. Raos minangka objek ingkang saged
mrabawani organ pangrasa miturut Drave mratelakaken ( ing Istianah,
2004: 25) Persepsi manut Yunus mratelakaken ( ing Istianah, 2004: 29)
punika minangka reaksi saking pamicara, pamireng, panyemak utawi
panyumerep ingkang dipunadhepi. Miturut KBBI (1993: 675) Persepsi
tegesipun proses setunggaling tiyang kangge mangertosi maneka
perkawis lumantar panca driya.
Miturut Seger mratelakaken ( ing Yunus 1985: 57) menawi aspek
ingkang sesambetan kaliyan persepsi inggih punika: a) hakikat tiyang
maos ingkang sesambetan kaliyan teks padamelan, pendidikan, papan
9
panggenan lan agami, b) sikep lan pambijen ingkang wonten dhateng
pamaos, c) sanggah kaliyan basanipun, d) analisis ingkang sampun
kulinten, e) nampi kahanan tiyang ingkang maos.
Dados persepsi punika pangarep-ngarep pamaos ingkang kagungan
peranan wigatos salebeting namtokaken makna karya sastra. Kasil
tanggapan pamaos dipuntemtokaken kaliyan bentenipun horison
pangarep-arep dhateng pamaos. Menawi benten amargi pengalaman,
pendidikan, norma lan kasanggahan pamaos salebeting nanggapi lan
interaksi kaliyan teks.
Saking pratelan ing nginggil menawi tanggapan pamaos pangadhep
teks sastra, mliginipun teks sastra lisan kaprebawan dening pinten-
pinten perkawis. Perkawis-perkawis punika antawisipun pengalaman,
pendidikan, paugeran-paugeran ingkang sarujuk kaliyan pamaos lan
paugeran-paugeran ingkang boten sarujuk kaliyan pamaos, fisik lan
kasunyatanipun.
4. “Jembul Tulakan”
Miturut KBBI (2005: 466) “Jembul” inggih punika saking
tembung “Jambul” ingkang tegesipun rikma ingkang dipunandam
wonten ing ubun-ubun. Tiyang Jawi wiyaripun nyebat “Jembul” punika
“Jambul”, pangertosanipun inggih punika saperangan saking rikma
ingkang wonten ing mustaka ingkang dipuntata supados saged njulang
ing nginggil. “Jembul” punika istilah saking papan panggenan
bebrayan Tulakan. “Jembul” miturut bebrayan Tulakan inggih punika
10
nggadhahi teges rikma ingkang wonten ing ubun-ubun. Dados rikma
punika dipunwastani bebrayan Tulakan “Jembul”. Jembul ing dalem
prosesi tatacara ritual “Jembul Tulakan” inggih punika rangkaian sesaji
ingkang wonten ing salebetipun ancak, saemper arupi keranjang utawi
kotak ingkang dipundamel saking kayu ukuran 1 x 2 meter.
Sumpah Ratu Kalinyamat miturut bebrayan ing dhusun Tulakan
dipunpitados saged mujudaken gegayuhanipun ratu ingkang nggadhahi
pikajengan males ukum sedanipun garwanipun Sultan Hadirin ingkang
dipunsedani dening Arya Penangsang lan boten asil tanpa
panyengkuyungipun bebrayan dhusun Tulakan.
Jalaran mekaten, bebrayan dhusun Tulakan njurung asipat batos
kanthi cara ngawontenaken tatacara ritual ingkang dipunsebat “Jembul
Tulakan”, supados gegayuhanipun ratu saged kalampahan. Ananging
ing jaman sapunika, tatacara “Jembul Tulakan” maknanipun sampun
benten, inggih punika ingkang sepisan dados sarana kangge sedhekah
bumi, nelakaken raos syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Tunggal
ingkang sampun paring lubering berkah tuwin ganjaran lan karaharjan
tumrap bebrayan dhusun Tulakan supados saged gesang tata tentrem
karta raharja lan ingkang kaping kalih kangge pakurmatan dhumateng
Ratu Kalinyamat minangka danyang dhusun Tulakan.
5. Kecamatan Donorojo
Kecamatan Donorojo, inggih punika Kecamatan ingkang
tlatahipun wonten ing Kabupaten Jepara, Provinsi Jawa Tengah
11
Indonesia. Kecamatan Donorojo punika asil saking pamekaran
Kecamatan Keling, ingkang tumut kalian paugeran Undang-undang
Kuta Jepara nomer 17 Tahun 2007. Kecamatan Donorojo dipunpontha-
pontha dados 8 dhusun inggih punika: Dhusun Bandungharjo, Dhusun
Banyumanis, Dhusun Blingoh, Dhusun Clering, Dhusun Jugo, Dhusun
Sumberejo, Dhusun Tulakan lan Dhusun Ujungwatu.
Dhusun Tulakan inggih punika dhusun ingkang wonten ing
Kecamatan Donorojo. Wonten ing dhusun Tulakan punika tradhisi
“Jembul Tulakan” tasih dipunlestareaken. Dhusun Tulakan punika
dipunpantha-pantha dados 5 Kamituwan, inggih punika: Kamituwan
Krajan, Kamituwan Drojo, Kamituwan Pejing, Kamituwan Ngemplak,
Kamituwan Winong.
Kamituwan Krajan angliputi dhukuh Krajan lan Kaligeden.
Kamituwan Drojo angliputi dhukuh Drojo lan Janggleng. Kamituwan
Pejing angliputi Dhukuh Pejing lan Sonder. Kamituwan Ngemplak
angliputi Dhukuh Ngemplak, Tanggulasi lan Kedondong. Kamituwan
Winong angliputi Dhukuh Winong, Dungpucung, Dunggayam.
Padamelanipun mayoritos petani, kahanan bebryanipun saking segi
pendidikan ugi boten kalah sae manawi dipuntetimbangaken kaliyan
Kecamatan sanes. Kecamatan Donorojo wonten 14.000 jiwa.
Kecamatan Donorojo mayoritas agamanipun islam, jalaran manawi
dipuntingali saking mula bukanipun Kecamatan Donorojo punika,
tokoh ingkang dados danyang Kecamatan Donorojo punika saking
12
kerajaan Islam, tuladhanipun Ratu Kalinyamat minangka danyang
saking dhusun Tulakan. Dados tradhisi “Jembul Tulakan” punika ugi
tradhisi minangka syariat keislaman.
F. Metodhe Panaliten
Panaliten tradhisi “Jembul Tulakan” punika ngginakaken metodhe
Deskriptif kualitatif. Deskriptif punika nggambaraken menapa wontenipun,
limrahipun kangge nggambaraken perkawis ingkang aeng. Kualitatif
punika dhata ingkang ngasilaken tembung-tembung ingkang kaserat utawi
lisan saking tiyang ingkang dipunamati (KBBI, 1993: 467)
Deskriptif kualitatif punika boten mratelakaken perkawis ingkang
gegayutan kaliyan angka, ananging panaliten punika nggadhahi ancas
kangge nggambaraken utawi mratelakaken kadadosan utawi fenomena
ingkang kadadosanipun ing Kecamatan Donorojo. Perkawis punika
tradhisi “Jembul Tulakan” ing Desa Tulakan Kecamatan Donorojo
Kabupaten Jepara lan Pigunanipun Tumrap Bebrayan.
1. Sasaraning Panaliten
Sasaraning panaliten punika tradhisi “Jembul Tulakan”.
Panaliten mbudidaya ngandharaken lan deskripsiaken tradhisi
“Jembul Tulakan” tumrap pagesangan bebrayanipun. Sasaran sanes
ingkang dipuntingali kangge jangkepi sasaran utami punika
lingkungan fisik, sosial, lan budaya ingkang wonten ing Kecamatan
Donorojo.
13
2. Pendhekatan Panaliten
Pendhekatan panaliten katindakaken supados pikantuk asil
ingkang maksimal salebetipun analisa data saking kathahing sumber.
Pendhekatan panaliten ingkang wonten ing panaliten punika
pendhekatan subjektif.
Panaliten punika Mendhet katrangan ingkang kaanggep
nguwaosi lan saged kangge sumber dhata ingkang cetha. Katrangan
ingkang kapilih antawisipun pangarsa dhusun, paniti laksana “Jembul
Tulakan”, lan bebrayan ingkang tumut mriksani tradhisi “Jembul
Tulakan”, mila saged kaasilaken katrangan ingkang valid lan cetha.
3. Cara Ngempalaken Dhata
Supados angsal dhata ingkang dipunbetahaken, cara
pangempalaning dhata punika ngginakaken cara studi pustaka,
wawancara, observasi, lan dokumentasi. Cara punika sarujuk kaliyan
cara ingkang dipunayahi, cara -cara punika antawisipun.
a. Studi Pustaka
Studi pustaka inggih punika cara pangempalan dhata
ingkang dipunpendhet kanthi cara madosi saking maneka warni
sumber kaserat saking buku-buku umum utawi makalah-makalah
ingkang jumbuh kaliyan panaliten punika.
Sumber-sumber ingkang dipunserat lan jumbuh kaliyan
panaliten punika lajeng dipunjangkepi kaliyan sumber-sumber
14
ingkang sanes angsal kanthi terapan metodhe pramila validitasipun
saged katanggeljawabaken.
b. Cara Wawancara
Cara wawancara inggih punika wohing pirembagan
ingkang dipuntindakaken kaliyan pangandikan supados pikantuk
katrangan saking tiyang ingkang dipunsuwuni katranganipun
(Arikunta, 2006: 126)
Wawancara punika katindakaken dening pihak-pihak
ingkang sampun kapilih paring katrangan lan ugi minangka sumber
dhata ingkang dipundhudhah. Anggenipun wawancara punika
kangge maringi dhata ingkang sipatipun mligi. Pitakenanipun
inggih punika ingkang mantheng kaliyan objek ingkang badhe
dipunteliti.
Panaliten kedah saged nemtokaken katrangan kunci, kangge
namtoaken katrangan kunci kedah dipuntimbang (Sodikan, 2001:
91), kados ing ngandhap punika.
1) Tiyang ingkang magepokan mangertos perkawis ingkang badhe
dijlentrehaken.
2) Umur ingkang magepokan sampun diwasa.
3) Tiyang ingkang magepokan sehat lair batin.
4) Tiyang ingkang magepokan gadhah sipat netral, boten gadhah
wigati ingkang boten sekeca.
15
5) Tiyang ingkang magepokan gadhah kawruh ingkang wiyar
ngengingi perkawis ingkang dipunanalisis.
c. Observasi
Observasi tegesipun ngamati lan nyerat kanthi sistematik
ngengingi tandha-tandha ingkang ketingal ing objek panaliten.
Cara observasi punika dipunginakaken kangge mangertosi dhata
ingkang magepokan kaliyan tradhisi “Jembul Tulakan” lan
lampahing tradhisi ing bebrayan. Wonten ing panaliten
pengamatan boten winates punapa ingkang dipunsumerepi,
ananging asringipun rupi samukawis, solah bawa utawi proses.
Wonten ing tetingalan wekdal lumampah tradhisi “Jembul
Tulakan” kedah dipungatosaken, sasambetan bebrayan ingkang
nindakaken tradhisi lan ingkang ningali (penonton), mupangat
ingkang saged dipunpendhet.
d. Dokumentasi
Cara dokumentasi dipunginakaken kangge Mendhet bukti
fisik arupi foto utawi gambar ingkang gegayutan kaliyan objek
panaliten, inggih punika tradhisi “Jembul Tulakan” ing Kecamatan
Donorojo Kabupaten Jepara.
Dhata punika dhata langsung ingkang kapendhet punika
dhata langsung asil saking tetingalan “Jembul Tulakan” ingkang
katindakaken dening warga dhusun Tulakan Kecamatan Donorojo.
Dokumen punika ngempalaken dhata lumantar petilasan ingkang
16
kaserat, kados arsip, gambar ingkang gegayutan kaliyan prakawis
panaliten (Arikunta 2006: 129)
Panaliten kualitatif punika dokumentasi minangka perangan
pangempal dhata ingkang utami, jalaran kangge mbuktekaken
kanthi logis. Caranipun Mendhet gambar punika saged mbiyantu
panaliten supados pikantuk dhata ingkang leres lan valid, pramila
objek ingkang dados ancasing panaliten saged dipuntanggel
jawabaken kaliyan fakta ingkang wonten.
4. Cara Analisis Dhata
Dhata saking responden inggih punika dhata ngengingi
tradhisi “Jembul Tulakan”, inggih punika Tradhisi “Jembul Tulakan”
ing Desa Tulakan Kecamatan Donorojo Kabupaten Jepara lan
Pigunanipun Tumrap Bebrayan.
Dhata kasebat lajeng dipunanalisis ngginakaken cara
deskriptif kualitatif, menawi kaliyan cara ngandharaken dhata ingkang
awujud tembung-tembung kalebet kategori, boten awujud angka-
angka.
Cara ingkang katindakaken kangge nganalisis tradhisi
tatacara ritual “Jembul Tulakan” kaliyan bebrayan Kecamatan
Donorojo kados ing ngandhap punika.
1. Nyerat dhata ngengingi mula bukanipun lan persepsi bebrayan
ngengingi wontenipun tradhisi “Jembul Tulakan”.
17
2. Ndeskripsekaken mula bukanipun lan pamanggihipun kapitadosan
bebrayan ngengingi wontenipun tradhisi “Jembul Tulakan”.
3. Nganalisis mula bukanipun lan pamanggihipun bebrayan ngengingi
wontenipun tradhisi “Jembul Tulakan”.
4. Mendhet dudutan asiling analisis gandheng cenengipun lan
persepsi bebrayan ngengingi wontenipun tradhisi “Jembul
Tulakan”.
Cara ingkang katindakaken kangge nganalisis cak-cakaning
tetingalan tradhisi “Jembul Tulakan” kados ing ngandhap punika.
1. Ngamati kanthi langsung lampahing tetingalan tradhisi “Jembul
Tulakan”, ingkang katindakaken dening bebrayan ingkang dados
paniti laksana tradhisi “Jembul Tulakan”.
2. Mendhet dudutan asiling analisis tradhisi bebrayan ngengingi
wontenipun tradhisi “Jembul Tulakan”.
Cara ingkang katindakaken kangge nganalisis mupangat
pendidikan ngengingi wontenipun tradhisi “Jembul Tulakan” kados
ing ngandhap punika.
1. Nyerat dhata saking asil wawancara
2. Ndeskripsekaken mupangat nilai pendidikan wontenipun tradhisi
“Jembul Tulakan”.
3. Nganalisis gegayutan kaliyan mupangat nilai pendidikan.
18
G. Tata Rakiting Panyeratan
Kangge nggampilaken maos lan nyerat skripsi, mila tata rakiting
panyeratan kaperang dados gangsal bab. Gangsal bab punika antawisipun:
Bab 1 punika purwaka wosipun: Landhesan pamilihing irah-irahan,
Momotaning Perkawis, Ancasing Panaliten, Mupangating Panaliten,
Panegesing Tembung lan Metodhe Panaliten lan Tata Rakiting Panyeratan.
Wonten ing mupangating panaliten kaperang dados kalih inggih punika:
1)Mupangat Teoritis lan 2) Mupangat Praktis. Wonten ing Metodhe
Panaliten kaperang dados 4 inggih punika 1) Sasaraning Panaliten, 2)
Pendekatan Panaliten, 3) Cara Pangempalaken Dhata, sarta 4) Cara
Analisis Dhata. Wonten ing Teknik Pangempalaning Dhata wonten tiga,
inggih punika: Studi Pustaka, Wawancara, Observasi lan Dokumentasi.
Bab II punika Landhesan Teori, wonten ing Landhesan Teori
wosipun ngengingi Kabudayan, folklor, Mitos, Tradhisi, Nilai
Pendhidhikan. Ing folklor wonten Ciri-ciri folklor, Mupangat Folklor, lan
Rupi Folklor.
Bab III punika rupi Persepsi lan Mupangat Pendidikan ngengingi
Tradhisi “Jembul Tulakan” ing Kecamatan Donorojo. Bab punika wosipun
rupi Tradhisi Ritual ingkang gegayutan kaliyan Tradhisi “Jembul
Tulakan”, Persepsi bebrayan ngengingi Tradhisi “Jembul Tulakan”,
Mupangat Pendidikan wontenipun Tradhisi “Jembul Tulakan” lan
Mupangat “Jembul Tulakan” kangge bebrayan panyengkuyungipun.
19
Bab IV inggih punika panutup. Wonten ing bab panutup panaliten
maringi Dudutan lan Panyaruwe. Ugi dipunajangkepi Kapustakan sarta
Lampiran.
20
BAB II
LANDHESANING TEORI
A. Wujuding Kabudayan
Miturut Peursen ( 1988: 11) mratelakaken bilih kabudayan
punika samukawis ingkang langkung ewah gingsir sanes samukawis
ingkang ajeg utawi statis. Pamanggih sami ugi dipunandharaken dening
Endraswara (2003: 1) bilih kabudayan punika samukawis ingkang
gesang, ngrembaka lan ewah tumuju asas tartamtu, sipatipun ewah
gingsir boten ajeg. Kabudayan punika perkawis ingkang wonten
gegayutanipun kaliyan akal, amargi kabudayan punika saking basa
sansekerta buddhayah inggih punika rupi jamak saking buddhi ingkang
anggadhahi arti budi utawi akal Koentjaraningrat (2002: 181)
Miturut Koentjaraningrat (2005: 72) kabudayan punika sedaya
gagasan lan raos, tindak-tanduk sarta karya ingkang dipunasilaken
dening manungsa anggenipun gesang ing bebrayan, kanthi cara sinau.
Wosipun kabudayan punika dipungadhahi dening bebrayan, namung
wonten bentenipun ing antawisipun kabudayan bebrayan setunggal
kaliyan bebrayan sanesipun. Koentjaraningrat (2005: 1) mratelakaken
menawi kabudayan punika kadadosan saged saking segi papan
panggenan lan induk bangsanipun. Wosipun bilih kabudayan punika
kadadosan saking asiling ciptaning manungsa ingkang kaprabawan
dening kawontenanan papan panggenan lan induk bangsanipun.
20
21
Umpaminipun kabudayan ing karaton kaliyan bebrayan sajawinipun
karaton kabudayan ingkang dipunasilaken sampun benten, amargi
kaprabawan dening kawontenan papan panggenan.
Miturut Koentjaraningrat (2005: 15) pangertosan kabudayan
dipunperang dados tigang bab, inggih punika.
1. Kabudayan minangka penggalih, gagasan, nilai, paugeran, lan
pranatan.
2. Kabudayan minangka kompleks aktiftet tindak-tanduk ingkang
nggadhahi pola saking tiyang ing bebrayan.
3. Kabudayan minangka barang asil karyaning manungsa.
Ciri-ciri kabudayan miturut miturut Maren (2007: 49).
1. Kabudayan inggih punika asil utawi produk saking manungsa,
kabudayan punika wonten amargi dipundamel dening manungsa
mboten dipundamel Tuhan utawi dewa.
2. Kabudayan nggadhahi sifat sosial, kabudayan dipunasilaken sacara
sesarengan.
3. Kabudayan dipunwarisaken turun-temurun saking generasi marang
generasi salajengipun.
Miturut Koentjaraningrat mratelakaken ( ing Maran, 2007:
49) wujud kabudayan punika wonten tiga, inggih punika.
1. Wujud ideal, sistem sosial lan kabudayan fisik. Wujud ideal saking
kabudayan inggih punika arupi adat-istiadat. Amargi fungsi saking
adat-istiadat saged dipunginakaken kangge paring pandom
22
gegayutan kaliyan tindak-tanduk manungsa anggenipun gesang ing
bebrayan.
2. Sistem sosial saking kabudayan inggih punika manungsa mboten
namung gadhah kekarepan ingkang sae ananging kedah saget
mujudaken punapa ingkang dipunpikajengaken, anggenipun
mujudaken saged dipunlampahi sesarengan kaliyan tiyang sanes
utawi sacara sosial.
3. Kabudayan fisik arupi asil saking tindak-tanduk manungsa,
tuladhanipun gedung-gedung perkantoran, griya, margi, mesin-
mesin lsp.
Tindak-tanduk bebrayan ingkang gadhah wujud saking
saperangan babagan ingkang wonten ing sastra saged arupi tatacara-
tatacara keagamaan lan tradhisi (adat-istiadat).
Saking pratelan ing nginggil saged dipunpendhet dudutan bilih
tradhisi punika kalebet konteks kabudayaan, antawisipun tradhisi (adat-
istiadat) ingkang ngrembaka wonten ing pagesangan ingkang
nglahiraken tataacara ritual. Amargi pangertosan tradhisi punika
anggadhahi ciri-ciri ingkang sami kaliyan kabudayan inggih punika
nglajengaken warisan utawi norma-norma, tradhisi (adat-istiadat)
kaidah-kaidah saking generasi marang generasi salajengipun.
23
B. Folklor
Miturut mula bukanipun tembung, folklor punika mula
bukanipun saking tembung folk lan lore. Folk punika kempalaning
tiyang ingkang nggadhahi tanda pengenal fisik, sosial lan kabudayan.
Tanda pangenal fisik punika arupi : warnaning kulit ingkang sami,
warna rikmanipun ingkang sami, nyambut damelipun, tataran
pendidikan lan agami ingkang sami. Ananging ingkang langkung
wigatos punika bebrayan nggadhahi tradhisi ingkang kalebet kabudayan
ingkang sampun kawarisken turun-temurun, lan ingkang langkung
wigatos bebrayan nggadhahi titikan golongan Dundes mratelakaken (
ing Danandjaya, 1986: 1)
Lore punika tradhisi, folk minangka kabudayan ingkang
kawaris kanthi turun-temurun kanthi lisan lumantar ebahing isyarat
utawi pirantos pambiyantu pepeling. Danandjaya (1986: 2)
ngandharaken folklor punika saperangan kabudayan ingkang kolektif,
ingkang kasebar lan dipunwarisaken turun-temurun. Wosipun kolektif,
asipat umum, sacara tradhisional.
Adhedhasar pratelan punika, saged dipunpendhet dudutan bilih
wujud tradhisi “Jembul Tulakan” minangka saperangan saking
kabudayan ingkang rupi folklor. Tradhisi punika sampun dangu
dipuntindakaken dening bebrayan, minangka kabudayan bebrayan
ingkang sampun kawaris kanthi turun-temurun.
24
1. Ciri-ciri folklor
Miturut Dananjaya (1994: 3-5) ciri-ciri utamaning panepang
folklor inggih punika.
a. Sumebar lan pawarisanipun limrah katindaaken kanthi cara lisan,
sumukawis lumantar tutur tembung saking pacelathoning
tiyang.
b. Folklor gadhah sifat tradhisional, inggih punika kasebaraken
kanthi ajeg utawi wujud ingkang standar.
c. Folklor wonten (exist) ing versi-versi utawi varian-varian
ingkang benten.
d. Folklor sifat anonim, tegesipun asma ingkang ngripta boten
dipunmangertosi dening tiyang malih.
e. Folklor limrahipun nggadhahi bleger awujud paugeran utawi
gumathok.
f. Folklor nggadhahi mupangat kangge gesang sesarengan ingkang
kolektif .
g. Folklor asipat pralogis, inggih punika gadhah logika piyambak
ingkang mboten jumbuh kaliyan logika umum.
h. Folklor dados gadhahipun sesarengan saking kolektif tertamtu.
i. Folklor limrahipun asipat wantah lan lugu, pramila asring
katingal kasar lan dumadakan.
25
2. Mupangat folklor
Mupangat folklor Bascom ( ing Danandjaya, 1994: 19) kasebut ing
ngandhap punika.
a. Minangka sistem proyeksi, inggih punika kangge pirantos
pencermin angen-angen minangka kolektif.
b. Minangka pirantos pangesahan pranata-pranata lan lembaga-
lembaga kabudayan.
c. Minangka pameksa lan pengawas paugeran bebrayan tansah
dipunpatuhi dening anggota ingkang mitadosi.
Saking pratelan ing nginggil saged dipunpendhet dudutan
bilih mupangat folklor awujud tradhisi ingkang nyarengi
wontening tradhisi “Jembul Tulakan” nggadhahi mupangat
Pendidikan.
3. Wujuding folklor
Miturut Brunvand mratelakaken ( ing Danandjaya, 1994: 21-23)
wujud folklor inggih punika.
a. Folklor lisan (verbal folklor)
Folklor lisan punika folklor ingkang murni lisan.
Ingkang kalebet kelompok punika, 1) Basa rakyat, kados logat,
sebatan pangkat tradhisional, lan mungguh Kabangsawan, 2)
Unen-unen tradhisional, kados paribasan, bebasan lan saloka 3)
Pitakenan tradhisional, kados cangkriman, wangsalan, 4)
Geguritan rakyat, kados parikan, gurindam, lan singir. 5)
26
Cariyos gancaran rakyat, kados mite, legenda lan dongeng. 6)
Lelagon.
Adhedhasar pratelan ing nginggil saged dipunpendhet
dudutan bilih tradhisi ritual “Jembul Tulakan” punika folklor
lisan ingkang awujud cariyos gancaran rakyat.
b. Folklor saperangan lisan
Folklor saperangan lisan minangka folklor ingkang
awujud campuraning unsur lisan lan unsur mboten lisan.
Ingkang kalebet kelompok punika kapitadosan rakyat,
sandiwara, adat-istiadat, tatacara pahargyat rakyat lan
sapanunggalanipun.
Dudutan adhedhasar pratelan ing nginggil saged
dipunpendhet tradhisi ritual “Jembul Tulakan” kalebet folklor
lisan. Adhedasar punika jalaran rupi tradhisi “Jembul Tulakan”
kalebet adat-istiadat utawi tradhisi ingkang ngrembaka ing
bebrayan. Nglampahi tradhisi kasebat sesarengan kaliyan
wontenipun sesajen. Bebrayan pitados lumantar sesajen,
bebrayan dipunparingi berkah, keslametan sarta punapa
ingkang dipunsuwun saged dumugi.
c. Folklor sanes lisan
Folklor sanes lisan punika ingkang rupinipun sanes lisan.
Pepanthan ageng punika saged kaperang dados kalih, inggih
punika matrial lan sanes matrial. Ingkang matrial antawisipun:
27
arsitektur rakyat, kerajinan tangan rakyat, busana lan rerenggan
paraga, tetedhan lan inuman, sarta jampi tradhisional. Ingkang
sanes matrial antawisipun pralambang ebahing tradhisional,
pralambang ungel kangge pawicantenan bebrayan, kadosdene
kentongan lan kendhang.
C. Mitos
Bascom mratelakaken ( ing Dananjaya, 1986: 50) mitos punika
cariyos prosa rakyat ingkang dipunpitados kanthi estu ing bangsa,
ngengingi dewa lan pahlawan jaman kepengker, ingkang ngandhut
penafsiran mula bukanipun alam sakalir. Miturut Koentjaraningrat
mratelakaken ( ing Dananjaya, 1994: 154) kapitadosan rakyat utawi
takhayul punika kapitadosan ngengingi kekiyatan sakti saking
tumindaking tiyang ingkang katindakaken kanthi jinarag ingkang
dadosaken ilmu gaib. Bebrayan saged mangertos bilih mitos inggih
punika tindak-tanduk pitados kaliyan barang gaib utawi nggadhahi sifat
supranatural (gaib)
Wonten gandheng cenengipun mitos kaliyan magis lan gaib,
kabudayan ingkang sampun dangu anggenipun gesang ing bebrayan
punika, kathah sanget ingkang dados mitos ing pagesangan. Asil
kabudayan ingkang dados mitos punika limrahipun kabudayan ingkang
dipunanggep sakral uatawi wigatos tumrap pagesangan manungsa.
Kathah bebrayan ingkang taksih kumanthil ing babagan budaya Jawi,
28
taksih ngugemi pranatan kados dene tatacara adat, ritual-ritual, dolanan
rakyat, beksan kangge leluhur utawi roh lan sesajen.
Mitos ingkang wonten ing bebrayan tansah sesarengan kaliyan
cariyos rakyat, sanajan mitos boten mesti cariyos rakyat. Mitos ingkang
nyarengi cariyos rakyat ancasipun kangge ngiyataken cariyos rakyat.
Cariyos rakyat pinitados nggadhahi kekiyatan-kekiyatan gaib, ingkang
saged ngatur gesanging bebrayan panyengkuyung cariyos.
Miturut Bascom mratelakaken ( ing Dananjaya, 1986: 50)
cariyos gancaran rakyat kaperang dados tiga, inggih punika: 1) Mite, 2)
Legenda, lan 3) Dongeng. Mite inggih punika cariyos gancaran rakyat
ingkang kaanggep leres kadadosanipun sarta kaanggep suci dening
ingkang gadhah cariyos. Legendha punika cariyos gancaran rakyat
ingkang leres kadadosanipun nanging boten kaanggep suci. Dongeng
inggih punika gancaran rakyat ingkang boten kaanggep leres
kedadosanipun dening ingkang gadhah cariyos lan boten kaiket dening
wekdal lan papan.
Mitos lan cariyos rakyat nggadhahi wujud kalih ingkang
sesambetan lan jangkepi. Mitos ingkang wonten wujud dipunsarengi
kaliyan cariyos rakyat, menawi mitos boten tamtu awujud cariyos
rakyat. Ugi saged dipunwastani, bilih cariyos rakyat inggih punika
mitos, manawi mitos boten tamtu awujud cariyos rakyat.
Miturut Abu Ahmadi (2008:10) mitos inggih punika kawruh
ingkang dumados saking pakulinan lan pangertosan ingkang cupet lan
29
wonten sesambetanipun kaliyan kapitadosan tiyang Jawi ingkang
pitados kaliyan mistis utawi gaib.
Mupangat mitos miturut Peursen (2009: 39-41) inggih punika.
1. Ngemutaken manungsa babagan wontenipun kakiyatan-kakiyatan
linangkung ing donya sanes.
2. Paring landhesan ing mangsa sapunika, inggih punika katentreman,
keseimbangan, lan kawilujengan.
3. Paring pangertosan babagan donya. Lajeng mitos ngrembaka
mupangatipun minangka panggayut antawis manungsa lan daya-daya
kakiyatan alam.
Saking pinten-pinten andharan babagan mupangating mitos,
dudutanipun bilih mitos punika mupangat sanget dhumateng para
bebrayan. Mitos saged paring pitedah anggenipun tumindak lan
ngemutaken manungsa bilih samenika wonten kakiyatan-kakiyatan ing
donya sanes.
D. Tradhisi
Sesambetan kaliyan mitos, unsur kabudayan ingkang ngrembaka
wonten ing pagesangan nglahiraken tatacara-tatacara ritual, ingkang
dadosaken tradhisi. Miturut KBBI (2005: 1293). Tradhisi punika
pakulinan ingkang kanthi turun-temurun saking nenek moyang tasih
dipuntindakaken sarta cara ingkang wonten dipunanggep cara ingkang
30
sae lan leres. Tradhisi sesambetan kaliyan aktifitas lan karya punika
refleksi naluri kanthi murni. Saking katrangan ing nginggil saged
dipunpendhet dudutan bilih tradhisi punika wonten sesambetanipun
kaliyan tradhisional, perkawis ingkang wonten sesambetanipun adat,
tradhisi, pakulinan, tatacara lan sapiturutipun.
Peursen (1985 : 11) mratelakaken tradhisi menika arupi
pewarisan utawi penerusan norma-norma, adat-istiadat, kaidah-kaidah
lan pewaris banda dhanya. Tradhisi menika dipunformulasikaken
wonten salah sawijining wujud ingkang sampun dipun temtokaken
kagem proyeksi saking kesadaranipun kolektif bebrayan
panyengkuyungipun supados wujudipun bervariasi.
Uraian kasebut mratelakaken bilih tradhisi arupi setengah saking
kabudayan, saking asil kabudayan saged awujud kathah ragam tingkah
laku, norma lan cita-cita bebrayan.
E. Nilai Pendidikan
1. Nilai
Nilai pendidikan minangka paring pambijen utawi nilai
ngengingi sedayaning prakawis, saged arupi pisik utawi lakuning
tiyang. Nilai pendidikan punika nilai ingkang saged maringi
prabawa sae, saged arupi pesen moral, kepribaden, sarta
kawasisan.
31
Wonten ing salebetipun pendidikan mbetahaken nilai, kita
kanthi sadar utawi boten tansah nindakaken pambijen wonten ing
pasrawungan kaliyan tiyang utawi mahluk sanesipun. Pambijen
utawi nilai minangka kasanggupan paring putusan ngengingi nilai
punapa ingkang dados adhedhasar criteria ingkang
dipunginakaken. Pambijen utawi nilai punika nimbangaken
ngengingi sae lan boten sae, leres lan boten leres, endah lan boten
endah lumantar saking kriteria tartamtu.
Pambijen utawi nilai punika asipat abstrak amargi boten
saged dipuntangkep kaliyan panca driya ananging saged
dipunpirsani kanthi objek tingkah laku ingkang ngandhut nilai.
Miturut Raminah (1989: 80-81), werni-werni nilai inggih punika.
e. Nilai Hedonik
Nilai Hedonik inggih punika nilai ingkang saged paring
karemenan dhateng kitha kanthi langsung.
f. Nilai Artistik
Nilai Artistik inggih punika nilai ingkang
memanifestasikan katrampilanipun tiyang.
g. Nilai Kultural
Nilai Kultural inggih punika nilai ingkang gadhah
gegayutan ingkang lebet kaliyan bebrayan utawi kabudayan.
32
h. Nilai Etik, Moral lan Religius
Nilai Etik, Moral lan Religius inggih punika nilai ingkang
saged paring kawruh ingkang gegayutan kaliyan etika, moral
lan agama.
i. Nilai Praktis
Nilai Praktis inggih punika karya sastra ingkang ngemu
adhedhasar ingkang praktis ingkang saged dipuntindakaken
tiyang ing saben dintenipun.
Tradhisi “Jembul Tulakan” dipunpikajengaken mbeta nilai
ingkang mupangat kangge bebrayan kathah, becik nilai sosial, nilai
agami lan nilai sanesipun.
2. Pendidikan
Miturut Raminah (1987:85) nilai pendidikan punika nilai
ingkang saged maringi ilmu ingkang nyinaoni lan paring syarat-
syarat umum ingkang dipunbetahaken kangge paring piwucal
ingkang sae. Wonten gegayutan ingkang raket antawisipun
pawiyatan, bebrayan lan kabudayan. Bebrayan lan budaya punika
saking dimensi ingkang sami.
Pendidikan punika wonten kalih. Pendidikan ingkang
ngrembak prinsip-prinsip umum ing salebetipun mucal lan
pasinaon, ingkang kaping kalih pendidikan khusus, inggih punika
cara-cara paring kawruh ingkang cepet lan jumbuh. Mila ingkang
dipunpikajengaken pasinaon utawi pendidikan punika paring
33
pangertosan lan ketrampilan , paring kawruh supados saged
nyurasani ugi ngamalaken nilai-nilai.
Wontenipun tradhisi ritual “Jembul Tulakan” ing Desa
Tulakan Kecamatan Donorojo dipunkajengaken paring nilai didik
dhateng bebrayan ing wewengkon kasebat, supados bebrayan
dhusunipun dados langkung majeng ugi saged nguri-nguri
kabudayan ingkang wonten supados boten cures.
34
BAB III
TRADHISI LAN MUPANGAT PENDIDIKAN TRADHISI “JEMBUL
TULAKAN” ING DESA TULAKAN KECAMATAN DONOROJO
KABUPATEN JEPARA
A. Tradhisi “Jembul Tulakan”
1. “Jembul Tulakan”
“Jembul” punika istilah saking papan panggenan bebrayan
Tulakan. “Jembul” miturut bebrayan Tulakan inggih punika nggadhahi
teges rikma ingkang wonten ing ngginggil mustaka. Dados rikma
punika dipunwastani bebrayan Tulakan “Jembul”. Jembul ing dalem
prosesi tatacara ritual “Jembul Tulakan” inggih punika rangkaian sesaji
ingkang wonten ing salebetipun ancak, saemper arupi keranjang utawi
kotak ingkang dipundamel saking kayu ukuran 1 x 2 meter. Wonten
ing ngandhapipun dipuntaleni migunakaken batang ancak cacahipun
kalih ingkang sejajar, ingkang nggadhahi fungsi kangge mikul.
“Tulakan” inggih punika asma dhusun ingkang wonten ing
Kecamatan Donorojo. Dhusun Tulakan punika papan panggenan
ingkang dipunginakaken Ratu Kalinyamat tapa. Mula bukanipun
dhusun Tulakan punika asmanipun sanes Tulakan ananging dhukuh
Alas Tuwo. Cariyosipun dhukuh Alas Tuwo punika dhukuh ingkang
katah sanget papan panggenanipun dipunginakaken roh alus kangge
netep. Wonten perkawis-perkawis aeng ingkang kedadosan,
34
35
tuladhanipun katah tiyang saking dhukuh Alas Tuwo ingkang gerah
sacara dumadakan lan langsung pejah sanalika. Saking maneka
perkawis ingkang wonten, tokoh saking dhukuh Alas Tuwo inggih
punika Kyai Agung Barata lan sekawan prajuritipun inggih punika Ki
Buntari, Ki Lebeh, Ki Cabuk lan Ki Purwa nyuwun idin dhumateng
Kepala dhukuh Alas Tuwa Ki Moro Taruno masang rajah kangge nolak
lan ngusir roh-roh jahat ingkang sampun ganggu katantreman bebrayan
Alas Tuwa lan nyuwun dhumateng Allah supados pikajenganipun Kyai
Agung Barata lan prajuritipun dipunajab dhumatemng Allah SWT.
Rajah ingkang dipunpasang naminipun inggih punika “Tulak Balak
Pasopati”
Pikajenganipun Kyai Agung Barata lan prajuritipun dipunajab
Allah SWT. Roh-roh alus ingkang wonten sampun boten wonten.
Saking nami rajah “Tulak Balak Basopati” ingkang dipunpasang
wonten ing Alas Tuwo punika nami dhukuh Alas Tuwo punika
dipungantos Ki Moro Taruno dados Tulakan, lan wiwit sanalika
Tulakan sampun boten dados padhukuhan ananging dipungantos dados
kademangan. Ki Demamg Kyai Agung Barata dipunkukuhaken dados
Demang Tulakan dumugi tahun 1882. Tahun 1883 kademangan
Tulakan naminipun dipungantos dados dhusun Tulakan lan
dipunpimpin dening Petinggi utawi Kepala Desa. Padhukuhan
asmanipun ugi dipungantos dados Kamituwan ingkang dipunpantha-
36
pantha dados padhukuhan-padhukuhan alit, Kamituwan dipunpimpin
dening Kamitua.
2. Mula Bukanipun Tradhisi Tatacara “Jembul Tulakan”
Tatacara tradhisi “Jembul Tulakan” punika kalebet tatacara
sedekah bumi ingkang sampun ngrembaka lan sampun dados tradhisi
turun-temurun bebrayan dhusun Tulakan. Tatacara tradhisi “Jembul
Tulakan” punika dipunlampahi setunggal tahun sepisan, wulan Apit
dinten Senin Pahing. Tatacara punika dipunlampahi kangge nelakaken
raos syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring rejeki lan
karaharjan tumrap bebrayan dhusun Tulakan.
Cariyos mula buka wontenipun tradhisi “Jembul Tulakan”
punika lampah kangge mengeti laku tapa ingkang dipunlampahi dening
Ratu Kalinyamat. Ratu Kalinyamat inggih punika putri saking karaton
Demak, Sultan Trenggana lan Rara Pambayun. Ratu Kalinyamat
gadhah garwa inggih punika Pangeran Hadirin, ingkang dipunwisudha
dados Adipati Jepara, ingkang dipunparingi gelar Sultan Hadirin. Sultan
Hadirin dipunpejahi Arya Penangsang wonten ing salebetipun perang.
Pejahipun Sultan Hadirin ndadosaken Ratu Kalinyamat sanget prihatos
manahipun, amargi pejahipun Sultan Hadirin boten limrah. Ratu
Kalinyamat tuwuh tekadipun badhe males ukum dhumateng Arya
Penangsang. Ratu Kalinyamat nyuwun adil dhumateng Allah SWT, adil
supados piwales ukumipun saged katindakaken. Adil punika
dipunwiwiti saking tapabrata. Papan tapa ratu punika tebih saking
37
karamean inggih punika wonten ing Siti Wangi. Salajengipun sedaya
pirantos kacawisaken, Ratu Kalinyamat lan prajurit-prajuritipun
sesarengan dhateng Siti Wangi. Dumugi Siti Wangi Ratu Kalinyamat
siram lan sesuci wonten ing sendhang alit sisih papan tapanipun.
Saderengipun Ratu Kalinyamat pinarak wonten ing papan tapanipun
Ratu Kalinyamat gadhah gegayuhan, inggih punika “ora pisan-pisan
ingsun jengkar saka tapaningsun, yen ingsun durung bisa kramas rah
lan nganggo keset jembule Arya Penangsang”.
Wonten ing wanci tapanipun kedadosan perang antawisipun
prajurit Pajang ingkang dipunpandhegani dening Danang Sutawijaya,
kaliyan prajurit Jipang Panolan ingkang dipunpandhegani dening Arya
Penangsang. Wonten peperangan Arya Penangsang seda wekdal perang
lumawan Danang Sutawijaya. Salajengipun Arya Penangsang seda, Ki
Ageng Pamanahan sanalika nigas sirahipun lan mendhet rahipun Arya
Penangsang. Ki Ageng sanalika ngutus prajuritipun ngaturaken rah lan
“Jambul” Arya Penangsang dhumateng Ratu Kalinyamat wonten ing
papan tapanipun. Dumugi papan tapanipun prajurit maringaken rah lan
“Jambul” kasebat dhumateng Ratu Kalinyamat kangge males gerah
penggalihipun. Amargi gegayuhanipun sampun katindakaken Ratu
Kalinyamat wangsul wonten ing Kadipaten Jepara.
“Jambul” rikma Arya Penangsang punika ingkang dipunsebat
Jembul. Dumugi sapunika bebrayan dhusun Tulakan tasih nguri-uri
tradhisi “Jembul Tulakan” punika tatacara tradhisi kangge nelakaken
38
raos syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring lubering
berkah tuwin ganjaran lan karaharjan tumrap bebrayan dhusun Tulakan
lan wujud pangurmatan bebrayan Tulakan dhumateng Ratu Kalinyamat
minangka danyang dhusun Tulakan. Wujud pangurmatan punika
ingkang dipunwujudaken mawi tradhisi “Jembul Tulakan”.
Salebetipun tatacara tradhisi “Jembul Tulakan” punika wonten
kalih warni Jembul inggih punika Jembul lanang lan Jembul wadon.
Jembul lanang inggih punika jembul ageng ingkang wonten ing ngajeng
piyambak, blegeripun awujud ancak ingkang dipunsukani rerenggan lan
ing salebetipun wonten jadah (gemblong, wajik, tape ketan, apem)
jadah punika dipuntancepaken wonten ing ancak ingkang sampun
dipunirat alit-alit. Jembul wadon inggih punika jembul ingkang wonten
ing wingkingipun jembul lanang, blegeripun awujud ancak ingkang
dipunparingi rerenggan ananging ing salebetipun dipunsukani sekul
sarta lawuh (sekul ambengan)
Miturut Bapak Suparni, juru kunci petilasan Ratu Kalinyamat
Mula bukanipun wontenipun tradhisi “Jembul Tulakan” amargi saking
gegayuhanipun Ratu Kalinyamat dhumateng Arya Penangsang. Amargi
Arya Penangsang sampun mejahi garwanipun Ratu, inggih punika
Sultan Hadirin. Wekdal sapunika Ratu gadhah pikajengan males ukum
dhumateng Arya Penangsang jalaran sampun mejahi garwanipun. Ratu
Kalinyamat sumpah manawi gegayuhanipun saged kalampahan, Ratu
Kalinyamat bakal kesed Jembule Arya Penangsang lan kramas rahipun
39
Arya Penangsang. Tradhisi “Jembul Tulakan” ugi sarana kangge
sedekah bumi, nelakaken raos syukur dhumateng Gusti ingkang Maha
Tunggal ingkang sampun paring lubering berkah tuwin ganjaran lan
karaharjan tumrap bebrayan dhusun Tulakan supados saged gesang tata
tentrem karta raharja.
3. Rerangkening Tatacara
Saderengipun tradhisi “Jembul Tulakan” dipuntindakaken,
langkung rumiyin kedah dipunwontenaken tradhisi-tradhisi ingkang
sampun turun-temurun saking bebuyut. Antawisipun dipunwiwiti
saking acara reresik dhusun. Reresik dhusun inggih punika, tradhisi
ingkang miwiti rerangkening ritual tradhisi “Jembul Tulakan”.
Blegeripun tradhisi reresik dhusun inggih punika reresik dhusun
sesarengan bebrayan Tulakan (gugur gunung) Kaping kalih acara
“manganan”. Acara “manganan” inggih punika acara dedhaharan
sesarengan wonten ing kapundhen Ratu Kalinyamat sesarengan
bebrayan Tulakan. Kaping tiga acara tahlilan. Acara tahlilan inggih
punika maos asma-asma Allah wonten ing kapundhen Ratu Kalinyamat.
Kaping sekawan acara tetingalan ringgit wacucal. Acara tetingalan
ringgit wacucal inggih punika acara tetingalan kangge paring panglipur
bebrayan dhusun Tulakan. Ingkang pungkasan acara baku, tetingalan
arak-arakan Jembul. Acara arak-arakan jembul inggih punika arak-
arakan Jembul ngubengi padhukuhan dhusun Tulakan. Punika
40
pangandikanipun Bapak Suparni minangka Juru Kunci Petilasan Ratu
Kalinyamat.
Rupi tatacara “Jembul Tulakan” jinisipun kathah, ananging
ingkang dados acara baku inggih punika arak-arakan Jembul. Dene
reresik dhusun lan tetingalan ringgit wacucal namung kangge
ngregengaken lan paring panglipur bebrayan dhusun Tulakan, amargi
kathah tiyang sepuh ingkang remen ningali ringgit wacucal.
Sapunika pratelan gegayutanipun kaliyan reresik dhusun,
acara “manganan”, acara tahlilan, acara tetingalan ringgit wacucal lan
acara arak-arakan Jembul.
a. Tradhisi Reresik Dhusun
Tradhisi reresik dhusun punika salah setunggalipun tradhisi
ingkang miwiti rerangkening ritual tradhisi “Jembul Tulakan”.
Blegeripun tradhisi reresik dhusun inggih punika reresik dhusun
sesarengan bebrayan Tulakan (gugur gunung) Tradhisi reresik
dipuntindakaken setunggal minggu saderengipun acara arak Jembul.
Bebrayan Tulakan sesarengan reresik margi, mewahi sunaring
lampu ingkang sampun boten wonten sunaripun, lan reresik papan
petilasan Ratu Kalinyamat.
Ancas saking tradhisi reresik dhusun inggih punika supados
laladan sakiwa tengenipun dhusun punika resik lan saged nukulaken
raos akrab antawis bebrayan dhusun Tulakan. Acara reresik dhusun
punika dipuntindakaken setunggal minggu saderengipun acara Arak
41
Jembul. Dipunwiwiti tabuh 07.00-10.00 WIB. Saderengipun tabuh
07.00 bebrayan sampun kempal dipunselingi jejagongan tuwin
gegujengan. Papan baku ingkang kedah dipunresiki inggih punika
papan patapanipun utawi petilasan Ratu Kalinyamat lan margi
ingkang badhe dipunliwati arak-arakan Jembul. Bebrayan dhusun
Tulakan sesarengan reresik dhusun lan mbekta ubarampe piyambak-
piyambak kados arit lan pacul.
b. Acara “Manganan”
Acara “manganan” wonten ing tradhisi “Jembul Tulakan”
punika dipuntindakaken wonten ing lumampahing saderengipun
arak-arakan Jembul. Anggenipun nglampahi acara “manganan”,
wonten ing papan kapundhen Ratu Kalinyamat. Ingkang nglampahi
bebrayan Tulakan lan bebrayan sajawinipun dhusun Tulakan.
Tradhisi punika dipuntindakaken kangge mengeti lampah tapanipun
Ratu Kalinyamat ingkang males ukum kaadilan dhumateng Arya
Penangsang. Amargi, wonten ing papan punika Ratu Kalinyamat
ngucap sumpah.
Miturut ngendikanipun Bapak Sutrisna Kepala Desa Tulakan
acara “manganan” punika dipuntindakaken kangge mengeti lampah
tapa brata ingkang dipuntindakaken dening Ratu Kalinyamat nalika
males ukum pejahipun garwanipun inggih punika Sultan Hadirin
ingkang dipunpejahi dening Arya Penangsang. Acara “manganan”
punika dipuntindakaken wonten ing papan patapanipun utawi
42
petilasanipun Ratu Kalinyamat, inggih punika wonten ing Siti
Wangi utawi Sondher. Kawastanan Siti Wangi amargi ganda
sitinipun punika wangi.
Tradhisi tatacara “manganan” punika dipunlampahi ing
dinten Jumat Wage, tabuh 16.00 dumugi 18.00. Wiwit tabuh 15.30
bebrayan dhusun Tulakan lan sajawinipun dhusun Tulakan sampun
dumugi wonten ing Siti Wangi.
Wonten ing tatacara “manganan” mbetahaken pinten-pinten
ubarampe, inggih punika.
1) Sekul pethak
Sekul Pethak inggih punika sekul ingkang rupinipun pethak
ananging raosipun gurih.
2) Lawuh
Lawuh inggih punika lawuh ingkang wonten ing salebetipun
sekul pethak. Limrahipun ulam ingkang dipunginakaken ayam
ingkung, tahu tempe lan teri.
3) Kain mori pethak
Kain mori inggih punika kain kangge tutup papan petilasan Ratu
Kalinyamat. Kain mori punika kangge gantos kain mori ingkang
sampun lawas. Kain mori ingkang lawas dipunlelang dhateng
bebrayan Tulakan, lan artanipun mlebet arta kas.
43
c. Acara Tahlilan
Acara tahlilan inggih punika maos asma-asma Allah.
Ananging pangertosan punika sampun dipungantos dados maos
ayat-ayat cekak ringkes lan nyebat asma Allah SWT. Punika
ngendikanipun Bapak Suparni minangka juru kunci petilasan Ratu
Kalinyamat.
Acara tahlilan punika dipunlampahi wonten ing pundhen
Ratu Kalinyamat. Tahlilan wonten ing acara tradhisi “Jembul
Tulakan” punika gadhah ancas, inggih punika paring donga konjuk
Ratu Kalinyamat dhumateng Allah SWT lan nelakaken raos syukur
dhumateng Allah Ingkang Maha Agung ingkang sampun
dipunsukani kathah ambruwah asil bumi ing tahun punika lan mugi-
mugi ing tahun ngajeng ugi kathah ambruwah asil buminipun.
Miturut Bapak Suparni minangka juru kunci Petilasan Ratu
Kalinyamat wonten paugeran-paugeran saderengipun nglampahi
acara tahlilan. Bebrayan kaajab saderengipun maos ayat-ayat,
Mendhet toya wudhu wonten ing sendhang sakiwanipun petilasan
Ratu Kalinyamat, supados resik saking najis. Waosan tahlilan
dipunlampahi dinten Jumat Wage tabuh 19.00-20.00,
sarampungipun acara “manganan”. Acara punika dipunlampahi
dinten Jumat Wage amargi bebrayan pitados bilih dinten Jumat
Wage punika dinten ingkang sae kangge nyuwun dhumateng Allah
SWT.
44
Wonten ing acara tahlilan, mbetahaken pinten-pinten ubarampe,
inggih punika.
1) Klasa
Klasa inggih punika dipunginakaken kangge alas lambaran,
manawi wonten ing salebetipun pundhen papanipun sampun
boten cekap, klasa punika dipungelar wonten ing plataranipun
pundhen.
2) Lampu
Lampu dipunginakaken kangge paring sunar nalika maos
waosan tahlil.
3) Buku Tahlil
Buku tahlil dipunginakaken kangge panduan maos tahlil.
d. Ringgit Wacucal
Tetingalan ringgit wacucal wonten ing tradhisi “Jembul
Tulakan” kalebet acara ingkang narik kawigatosan bebrayan
Tulakan. Tetingalan punika kangge panglipur bebrayan dhusun
Tulakan. Bebrayan rebut ducung sesarengan jejel riyel ningali
tetingalan ringgit wacucal. Ringgit wacucal punika kagelar sedalu
natas wonten ing plataran griyanipun Kepala Desa, amargi
papanipun trep kangge bebrayan Tulakan.
Wonten ing tetingalan ringgit wacucal, mbetahaken pinten-
pinten ubarampe, inggih punika.
45
1) Dhalang
Dhalang inggih punika paraga ingkang nglampahaken cariyos
wonten ing tetingalan ringgit.
2) Ringgit
Ringgit ingkang dipunginakaken inggih punika ringgit wacucal
purwa.
3) Debog
Debog , kangge nancepaken ringgit wacucalipun.
4) Gamelan
Gamelan punika piranthi musik tradhisional kangge ngiringi
pagelaran ringgit wacucal.
5) Niyaga
Niyaga inggih punika tiyang ingkang jejibahanipun nabuh
gamelan.
6) Sesaji
Sesaji ingkang dipuncawisaken wonten ing pagelaran ringgit
inggih punika jadah pasar, gedhang raja lan toya kendhi.
7) Kemenyan
Kemenyan punika minangka pralambang dedhaharan eca
kangge roh alus. Kawontenan kemenyan dipunpikajengaken
saged mbiyantu lumampahing pagelaran tetingalan wayang
kulit.
46
e. Tradhisi Arak Jembul
Tradhisi Arak Jembul inggih punika acara inti wonten ing
tatacara tradhisi “Jembul Tulakan”. Tradhisi arak jembul punika
sami kaliyan tradhisi reresik dhusun, acara “manganan”, acara
tahlilan lan acara tetingalan ringgit wacucal ingkang sampun turun-
temurun wiwit saking simbah moyang. Tradhisi Arak Jembul
punika dipunlampahi kanthi cara ngarak Jembul ngubengi
padhukuhan dhusun Tulakan dumugi griyanipun Kepala Desa.
Acara Arak Jembul punika kalebet acara ingkang baku, sahingga
narik kawigatosan bebrayan Tulakan lan sajawinipun bebrayan
Tulakan.
Miturut Bapak Bekti sesepuh dhusun mituturaken.
“Jembul punika saemperan kados usungan utawi ancak ingkang
dipunirat alit-alit lan dipunsukani rerenggan, ing salebetipun
dipunsukani asil bumi. Mula bukanipun Jembul-jembul punika
kangge bukti setia saking prajurit-prajuritipun Ki Demang Barata
ingkang wicaksana mimpin Tulakan. Blegeripun Jembul punika
wonten kalih inggih punika Jembul Lanang ingkang isinipun asil
bumi utawi jadah kados gemblong, wajik. Jembul Wadon isinipun
sekul kaliyan lawohipun (sekul Ambengan)”.
Tradhisi Arak Jembul punika dipunlampahi dinten Senin
Pahing tabuh 08.00-11.00 WIB. Saderengipun tabuh 08.00 bebrayan
sampun rebut ducung tumuju griyanipun Kepala Desa ningali Arak
47
Jembul, sarta lelangen Tayub ingkang wonten ing pendhapa Kepala
Desa. Tradhisi Arak Jembul punika dipunarak dening bebrayan
Tulakan lan dipunderekaken dening Perangkat Desa lan bebrayan
saking padhukuhanipun piyambak-piyambak.
Ubarampe ingkang dipunbetahaken wonten ing Tradhisi
Arak Jembul inggih punika.
1) Jembul Lanang
Dipundamel saking ancak ingkang dipunirat saemper
kados rikma, dipuntancep-tancepaken ngubengi ubengan,
wonten ing tengahipun dipunsukani jadah pasar (gemblong,
jenang, wajik lsp)
2) Jembul Wadon
Jembul Wadon sami kaliyan Jembul Lanang, ingkang
mbentenaken inggih punika, wonten ing salebetipun Jembul boten
wonten jadah pasar, ananging dipungantos sekul sarta lawuhipun.
Jembul punika kasunyatanipun dipugadhahi dening tiyang
Jaler ananging wonten ing tradhisi Jembul Tulakan punika Jembul
dipunperang dados kalih Jembul Lanang lan Jembul Wadon. Miturut
Bapak Suparni Juru Kunci Petilasan Ratu Kalinyamat, Jembul
Wadon punika pralambang persembahan pakurmatan kangge
dayang-dayang ingkang ndherek Ratu Kalinyamat nalika tapabrata.
48
f. Lumampahing Tetingalan Tatacara Tradhisi “Jembul Tulakan”
Wekdal Jumat Wage saderengipun acara Arak Jembul
dipunwiwiti, saderengipun dipunwontenaken acara “manganan”
utawi syukuran wonten ing pundhen petilasan Ratu Kalinyamat sarta
lelangen ringgit wacucal wonten ing griyanipun Kepala Desa
Tulakan. Langkung gamblangipun tradhisi lumampahing tatacara
“Jembul Tulakan” kaandharaken ing ngandhap punika.
1) Wekdal Senin Pahing wulan Apit wonten ing griyanipun Kepala
Desa. Gamelan kangge ngiringi sampun dipuntata rapi, taledhek
tayubipun sampun siaga sedaya. Kepala Desa lan perangkat
desanipun ngagem rasukan Dinas. Bebrayan saking
padhukuhanipun piyambak-piyambak sesarengan nyawisaken
Jembul ingkang badhe dipunarak. Dhusun Tulakan punika
wonten 6 padhukuhan, ingkang dados 5 Kamituwan. ananging
ingkang dipunarak namung 4 Kamituwan, dados wonten
sekawan Jembul ingkang dipunarak ngubengi dhusun Tulakan.
Jembul Krajan dipundhereaken dening dhukuh Krajan, lan
Kaligeden. Jembul Ngemplak dipundhereaken dhukuh
Ngemplak, Tanggulasi lan Kedondong. Jembul Winong
dipundhereaken dhukuh Winong, Dongpucung lan Dunggayam.
Jembul Drojo dipundhereaken dhukuh Drojo lan Janggleng.
Saking padhukuhan pejing boten ndherek arak-arakan Jembul,
ananging setunggal minggu sarampungipun acara ritual “Jembul
49
Tulakan” saking Kamituwan Pejing ngawontenaken tradhisi
piyambak, inggih punika tradhisi Pejing. Tradhisi Pejing inggih
punika tradhisi ingkang dipunlampahi setunggal minggu
sakrampungipun acara “Jembul Tulakan” dinten Senin Wage lan
dipundherekaken dening bebrayan Kamituwan Pejing kemawon.
Mula bukanipun tradhisi Pejing punika amargi nalika bebrayan
lan tokoh-tokoh agami ngawontenaken tradhisi “Jembul
Tulakan” ing jaman pamarintahan Ratu Kalinyamat tokoh
pemimpin saking Kamituwan Pejing inggih punika Ki cabuk
nembe gerah pramila boten saged ndherekaken tradhisi “Jembul
Tulakan”. Amargi Pejing punika papan pertapaanipun Ratu
Kalinyamat.
2) Jembul dipunarak ngubengi dhusun, kairing dening Perangkat
Desa. Tokoh bebrayan Tulakan nyandhingi Jembul saking
padhukuhanipun piyambak-piyambak.
3) Tabuh 08.00 para niyaga sampun siaga nabuh gendhing-gendhing
Jawa. Suwantening gendhing sampun kepireng, kantun ngentosi
taledhek tayub minggah ing panggung ingkang sampun
kacawisaken. Para bebrayan lan tamu sedhahan sampun ngebaki
griyanipun Kepala Desa.
4) Tabuh 09.00 Arakan Jembul sampun kawiwitan. Jembul punika
anggenipun mlebet wonten ing plataran griyanipun Kepala Desa
50
kedah runtut, miturut nami padhukuhanipun. Dene runtutanipun
inggih punika.
a) Jembul Krajan
Jembul Krajan inggih punika Jembul saking
Kamituwan Krajan, ingkang cacahipun dhukuh Krajan lan
dhukuh Kaligeden. Krajan punika saking tembung Kerajaan,
ingkang angnggadhahi teges “papan panggenan raja”. Ing
Krajan punika punjering paprentahan desa, sarta papan
panggenan griyanipun Kepala Desa.
Wonten ing pucaking gunungan Jembul Krajan
dipunsukani golek (kayu) ingkang nggambaraken tokoh
ulama’ Sayyid Ustman. Sayyid Ustman inggih punika tokoh
ingkang tumut nalika Ratu Kalinyamat tapa.
b) Jembul Ngemplak
Jembul Ngemplak inggih punika Jembul saking
Kamituwan Ngemplak, ingkang cacahipun dhukuh Ngemplak,
Tanggulasi lan Kedondong. Pralambang Jembul Ngemplak
wonten ing jaman rumiyin asung pakurmatan Ki Lebeh
Kepala dhukuh Kedondong kangge Ki Demang Barata.
Pucaking gunungan Ngemplak dipunsukani golek
kangge pralambang tokoh pimpinan prajurit Kadipaten Jepara
ingkang tumut Ratu Kalinyamat, inggih punika Ki Suta
Mangunjaya.
51
c) Jembul Winong
Jembul Winong inggih punika saking Kademangan
Winong. Laladanipun angliputi dhukuh winong, Dungpucung,
lan Dunggayam. Pralambang Jembul winong wonten ing
Jaman kepengker asung pakurmatan Ki Buntara Kepala
dhukuh Winong kangge Ki Demang Barata.
Wonten ing pucaking gunungan dipunsukani golek,
ingkang dados pralambang prajurit ingkang tumut Ratu
Kalinyamat saking papan pertapaanipun.
d) Jembul Drojo
Jembul Drojo inggih punika Jembul saking dhukuh
Drojo, laladanipun angliputi dhukuh Drojo lan Janggleng.
Jembul Drojo wonten ing jaman kepengker asung pakurmatan
Ki Purwa Kepala dhukuh Draja kangge Ki Demang Barata.
Wonten ing pucaking gunungan dipunsukani golek,
ingkang dados pralambang tetungguhing prajurit saking
Kadipaten Jepara ingkang tumut Ratu Kalinyamat nalika tapa,
inggih punika Ki Leseh.
Salajengipun sekawan Jembul punika dipunarak ing
Pendhapa Kepala Desa lan ngaso kanthi iringan lelangen seni
tayub, nembe dipunlajengaken acara-acara selajengipun.
52
(1) Misuhi samparanipun Kepala Desa Tulakan
Wonten ing acara punika, kekalihipun
samparanipun Kepala Desa, wiwit polok dumugi
ngandhap dipunwisuhi kaliyan toya sekar setaman.
Ingkang misuhi inggih punika sedaya Perangkat Desa.
Perkawis punika dipunlampahi amargi ngnggadhahi
ancas utawi teges, inggih punika.
(a) Supados bebrayan Dhusun Tulakan gesang kanthi
tatatentrem raharja, tebih saking mala sahingga
pagesanganipun bebrayan Tulakan wonten ing
kahanan ingkang tentrem lan raharja.
b) Supados Kepala Desa anggenipun mimpin dhusun
Tulakan wonten ing paugeran ingkang leres. Boten
nerak angger-anggering negari lan agami.
Lumampahing wisuh samparan Kepala Desa punika
dipuntindakaken sarampungipun acara Arak Jembul, inggih
punika dinten Senin Pahing tabuh 11.00-12.00. Papan
panggenanipun wonten ing latar sajawinipun griyanipun Kepala
Desa.
Miturut Bapak Bekti sesepuh Dhusun Tulakan.
“Tradhisi dipuntindakaken supados bebrayan Tulakan gesangipun
saged tentrem lan aman. Kepala Desa anggenipun mimpin ugi
53
supados resik, resik saking tindaklakunipun lan langkahe ugi
jujur, adil marang bebrayan Tulakan”.
2) Selametan
Selametan punika donga konjuk Allah SWT, supados
dhusun Tulakan wonten ing pangayomaning Allah SWT,
dhusunipun wonten ing kahanan ingkang aman sarta wilujeng.
Amargi bebrayan Tulakan kathah-kathahipun nyambut
damelipun tetanen, ing donga nyuwun supados asil buminipun
kathah, tebih saking sesakit lan cekap sandhang panganipun.
Slametan ugi kangge nelakaken raos syukur dhumateng
Allah SWT ingkang sampun paring kemirahan rejeki sahingga
bebrayanipun tebih saking kekirangan.
3) Ngubengi Jembul
Acara ngubengi Jembul punika dipuntindakaken kaping 3
ubengan arah pandom jam. Ingkang ngubengi inggih punika
Kepala Desa dipundherekaken dening taledhek tayub lan sedaya
Perangkat Desa Tulakan.
Taledhek tayub ingkang nyandhingi Kepala Desa wonten
ing tatacara punika pralambang garwanipun Ki Demang Barata
inggih punika Nyai Roro Kuning. Nyai Roro Kuning punika
garwa ingkang saged dados tetimbanganipun Ki Demang Barata
wekdal mimpin Kademangan. Sedaya punika angnggadhahi
teges, bilih garwaning petinggi kedah saged dados tetimbangan
54
kakungipun wekdal kakungipun mimpin. Ngubengi Jembul ugi
angnggadhahi teges supados Kepala Desa lan Perangkat-
Perangkat Desa mriksani langkung caket kahanan bebrayanipun,
purun mriksani langsung boten anamung pinarak wonten ing
kursi jabatan kemawon. Kepala Desa lan perangkatipun ugi
kedah saged ngayomi lan ngayemi bebrayan dhusunipun.
Wonten ing Tradhisi Arak Jembul, iringan gendhing
ingkang dipunginakaken inggih punika gendhing Ladrang Slamet
utawi gendhing Ladrang Mugi Rahayu. Amargi iringan gendhing
punika angnggadhahi pikajengan supados dhusun Tulakan
wilujeng, lan raharja wonten ing pepayunging Gusti Ingkang
Maha Kuwaos.
Salajengipun acara ngubengi jembul, lelangen rampung
sedaya, nembe Jembul medal saking plataran griyanipun Kepala
Desa kanthi urutan nalika mlebet kalawau. Nalika Jembul
sampun medal saking plataranipun griyanipun Kepala Desa
Jembul ingkang dipunarak punika, iratan delingipun kangge
rerebatan bebrayan Tulakan. Amargi mitosipun, saumpami iratan
deling tipis punika dipuntancepaken wonten ing sapinggiripun
sabin saged nyuburaken taneman.
4) Resikan
Acara Resikan inggih punika acara ngresiki papan ingkang
nembe dipunginakaken kangge nglampahi acara. Resikan punika
55
dipuntindakaken dening bebrayan dhusun Tulakan kanthi cara
gugur gunung.
Acara Resikan punika angnggadhahi teges inggih punika
ngusir sedaya sesakit lan mala supados boten tumama dhateng
bebrayan Tulakan.
Sapunika pendhapa Kepala Desa sampun resik, punika
minangka pralambang manawi tradhisi “Jembul Tulakan”
wonten ing Kecamatan Donorojo sampun purna.
B. Persepsi Bebrayan Gegayutan Tradhisi “Jembul Tulakan”
1. Persepsi Bebrayan Kecamatan Donorojo Ngengingi Tradhisi “Jembul
Tulakan”.
Wontenipun tradhisi “Jembul Tulakan” nuwuhaken kathah
pamanggih saking bebrayan Kecamatan Donorojo. Nanging
limrahipun pamanggih-pamanggih punika sami. Adhedhasar
wawancara kaliyan bebrayan Kecamatan Donorojo dipunprangguli
bebrayan ingkang gadhah pamanggih tradhisi “Jembul Tulakan”
punika kalebet mitos. Bebrayan Donorojo pitados ngengingi mitos,
kabukten ing wekdal Senin Pahing tasih nglampahi tradhisi
“manganan”, tahlilan lan arak jembul. Miturut Bapak Bekti sesepuh
desa, pitados ingkang nindakaken tradhisi kasebat dipunparingi
kawilujengan, tebih saking sesakit lan gangsar rejekinipun.
56
Bebrayan Kecamatan Donorojo gadhah kapitadosan ngengingi
tradhisi “Jembul Tulakan” punika. Kanthi nglampahi tradhisi wiwit
saking reresik desa, acara “manganan”, acara tahlilan, acara tetingalan
wayang lan arak-arakan Jembul saged pikantuk kawilujengan, tebih
saking mala, gangsar rejekinipun lan panen ingkang kathah
ambruwah. Sanadyan boten nate wonten patuladhan manawi boten
nindakaken tradhisi punika angsal adzab, ananging bebrayan ajeg
pitados menawi nindakaken tradhisi punika saged ngasilaken perkawis
ingkang sae.
Miturut pituturipun Bapak Sutrisna (45 taun), bebrayan
Kecamatan Donorojo nindakaken tetingalan tradhisi “Jembul Tulakan”
saben taun punika wonten ing wulan Apit dinten Senin Pahing.
Ancasipun kangge nelakaken raos syukur dhumateng Allah SWT
ingkang sampun paring lubering berkah kalimpahan panen ing taun
punika lumampah dumugi sapunika, jalaran bebrayan pitados menawi
nindakaken tradhisi kasebat bebrayan dhusun Tulakan pikantuk
kawilujengan, rijeki ingkang kathah, tebih saking bebaya, sarta mbekta
kauntungan ing panen taun salajengipun.
Tradhisi “Jembul Tulakan” kedah dipuntindakaken saben taun,
jalaran kangge mengeti lampah tapanipun Ratu Kalinyamat. Amargi
Ratu Kalinyamat inggih punika danyang dhusun Tulakan lan tradhisi
punika kangge piwulangan pemimpin desa supados saged mimpin desa
57
kanthi sae, saged ngayomi bebrayanipun, lan nuwuhaken katentreman
lan raharja bebrayan Kecamatan Donorojo.
2. Persepsi Bebrayan Sajawinipun Kecamatan Donorojo Ngengingi
Tradhisi “Jembul Tulakan”.
Ingkang pitados tradhisi “Jembul Tulakan” minangka mitos
boten bebrayan Keamatan Donorojo kemawon, ananging ugi bebrayan
sajawinipun Kecamatan Donorojo. Bebrayan gadhah pamanggih
tradhisi “Jembul Tulakan” punika minangka mitos. Perkawis punika
ketingal saking wontenipun kathah tiyang ingkang ndhatengi wonten
ing salebetipun prosesi tatacara lan bebrayan ingkang badhe ningali
arak-arakan Jembul. Atraksi arak-arakan Jembul punika boten namung
narik kawigatosan bebrayan ingkang nyengkuyung kabudayan,
ananging ugi kangge tetingalan bebrayan wisata lokal.
Bebrayan sajawinipun Kecamatan Donorojo pitados menawi
nindakaken tradhisi “Jembul Tulakan” punika sampun lumampah
saben taun, ingkang dipuntindakaken bebrayan Kecamatan Donorojo.
Asringipun bebrayan saking jawi Kecamatan Donorojo ingkang
ndherek prosesi tatacara nyuwun supados rejekinipun gangsar lan
dipunparingi kawilujengan.
Miturut Bagas (23 taun) pitados sanget dhumateng mitos
ingkang wonten ing tradhisi “Jembul Tulakan” punika. Amargi wonten
gegayutanipun kaliyan cariyos Ratu Kalinyamat ingkang tapa brata
wonten ing Padhukuhan Sondher utawi Siti Wangi. Tradhisi “Jembul
58
Tulakan” punika prosesi acaranipun dipunanggep sakral sedanten,
amargi wujud pakurmatan dhumtaeng Ratu Kalinyamat minangka
danyang dhusun Tulakan Kecamatan Donorojo.
Saking pituturanipun bebrayan sajawinipun Kecamatan
Donorojo punika, saged kapundhut dudutan bilih bebrayan saking
sajawinipun Kecamatan Donorojo nggadhahi pamanggih tradhisi
“Jembul Tulakan” punika minangka mitos. Bebrayan pitados lan yakin
ngengingi tradhisi “Jembul Tulakan”. Kabukten kathah tiyang ingkang
rawuh ningali tetingalan Tradhisi “Jembul Tulakan” lan ndherek
nindakaken tradhisi ing salebetipun prosesi tatacara “Jembul Tulakan”
sapunika.
C. Nilai Pendidikan ing Salebetipun Tradhisi Jembul Tulakan
Tradhisi “Jembul Tulakan” punika mbeta mupangat ingkang sae,
tumrap nilai pendidikan. Kabukten saking cariyos mitos tradhisi “Jembul
Tulakan” tasih dipunlampahi dumugi sapunika. Bebrayan pitados
ngengingi mitos tradhisi “Jembul Tulakan”, pramila bebrayan nindakaken
tradhisi punika. Bebrayan pitados menawi nindakaken tradhisi “Jembul
Tulakan” punika, pangajapipun saged kalampahan. Wonten ing tradhisi
“Jembul Tulakan” saged kapundhut nilai pendhidhikan. Nilai Pendidikan
punika saged ketingal ing ngandhap punika.
59
1. Nilai Pendidikan Sosial
Marisaken nilai sosial wonten ing tradhisi “Jembul Tulakan”
Punika kagolong fungsi sosial ingkang wonten ing salebetipun adat.
Pranata sosial utawi unsur kabudayan punika wonten ing peranan
ingkang wigati gegayutan kaliyan adat, tindak-tanduk bebrayan lan
pranata sosial sanesipun ingkang wonten ing bebrayan. Tatacara
“Jembul Tulakan” punika asil saking warisan nenek moyang ingkang
ngandhut nilai adat istiadat lan ingkang kedah dipunanut lan
dipunlestareaken kawontenanipun.
Nilai sosial ingkang wonten ing tradhisi “Jembul Tulakan”
punika saged ketingal saking wujud utawi simbol ingkang saged dados
patuladhan ingkang sae lan boten sae, pramila saged dipunginakaken
kangge paugeran tindak-tandukipun bebrayan ingkang nyengkuyung
tradhisi “Jembul Tulakan”. Tradhisi “Jembul Tulakan” ugi nggadhahi
mupangat kangge lumampahing tindak-tanduk bebrayanipun, lan
kangge ngatur hubungan bebrayan kaliyan alam lingkungan
mliginipun kaliyan Allah SWT. Saking pajlentrehan ing nginggil saged
dipunpendhet dudutan bilih tradhisi “Jembul Tulakan” mbeta
mupangat pendhidhikan ing nilai sosial.
2. Nilai Pendidikan Religi
Kawontenanipun tradhisi “Jembul Tulakan” punika wonten
gegayutanipun kaliyan kapitadosan bebrayan Tulakan. Bebrayan
60
dhusun Tulakan ingkang kathah agaminipun Islam lan tasih pitados
kaliyan kawontenanipun roh-roh ingkang wonten ing dhusun Tulakan.
Bebrayan angnggadhahi pamanggih bilih tradhisi “Jembul
Tulakan” punika dipunwontenaken kangge donga nelakaken raos
syukur dhumateng Allah SWT. Tradhisi “Jembul Tulakan” nnggadhahi
teges, inggih punika bilih kita sedaya kedah ngenget dhumateng Allah
SWT, minangka Gusti ingkang Maha Tunggal ingkang sampun paring
lumebering berkah wonten ing dunya punika. Mliginipun generasi
enem kedah marisaken lan nglestareaken donga, nelakaken raos syukur
dhumateng Allah SWT. Donga wonten ing tradhisi “Jembul Tulakan”
nnggadhahi aji dhidhik kangge ngindhakaken anggenipun dedonga,
jalaran lumantar donga ingkang kaaturaken saged damel kesaenan
gesang ing bebrayan, limrahipun kangge leluhur minangka danyang
dhusun kasebat.
3. Nilai Pendidikan Moral
Wonten ing tradhisi “Jembul Tulakan” mbeta nilai pendidikan
moral. Nilai moral punika antawisipun:
a. Ngurmati Leluhur
Nindakaken tradhisi “Jembul Tulakan” wonten ing wulan
Apit punika minangka tindhak-tandhuk kangge paring patuladhan
dhumateng generasi enem supados purun nguri-nguri tradhisi
kasebat, sanadyan namung setaun sepisan.
61
Tindhak-tandhuk ngurmati leluhur kabukten ing kagiyatan
ingkang katindakaken wonten ing wulan Apit punika. Nindakaken
tradhisi “Jembul Tulakan” kasebat jumbuh kaliyan norma-norma
ingkang wonten. Kanthi boten langsung bebrayan sampun paring
tuladha kangge ngurmati leluhuripun.
b. Ngurmati Tiyang sanes
Gesang ing bebrayan magepokan kaliyan tiyang sanes lan
kedah sesarengan ngurmati. Tradhisi “Jembul Tulakan” tasih
ngrembaka ing madyaning bebrayan jalaran tasih wonten
saperangan bebrayan ingkang tasih nguri-uri kabudayan kasebat.
Bebrayan nindakaken tradhisi “Jembul Tulakan” kanthi sesarengan
lan ajen-ingajenan. Wujud raos ngurmati saged ketingal saking
panyengkuyungipun ingkang patuh dhumateng paugeran
runtutanipun tatacara.
Kangge nyawijeaken pamanggih kedah wonten
musyawarah. Salebetipun musyawarah kedah ngurmati saben
pamanggihipun tiyang sanes, umpaminipun giyaraken tata lakune
tatacara. Sedaya punika katindakaken kanthi raos ngurmati dhateng
sanesipun. Dados saged ketingal menawi tradhisi “Jembul
Tulakan” punika ngnggadhahi mupangat pendhidhikan gegayutan
kaliyan ndidik moral bebrayan.
62
D. Mupangat Tradhisi “Jembul Tulakan” Tumrap Bebrayan
Panyengkuyungipun
Saben Tradhisi punika mesthi kemawon ngnggadhahi mupangat
lan makna tumrap bebrayan ing tlatah kasebat. Semanten ugi tradhisi
“Jembul Tulakan” ing Kecamatan Donorojo. Adhedhasar saking dhata
ingkang dipunasilaken saking wawancara, kaprangguli tradhisi “Jembul
Tulakan” punika mbeta mupangat kangge bebrayan panyengkuyungipun.
Punika saged asipat materil utawi spiritual.
Mupangat kasebat saged dipunperang salebetipun pinten-pinten
bidang, antawisipun.
1. Mupangat ing bidang ekonomi
2. Mupangat ing bidang sosial budaya
3. Mupangat ing bidang agami
4. Mupangat ing bidang pariwisata.
1. Mupangat ing Bidang Ekonomi
Faktor-faktor ingkang ngnggadhahi gegayutan kaliyan
kalangsungan majeng botenipun tlatah inggih punika saking faktor
ekonomi lan budaya. Sacara ekonomi tatacara tradhisi “Jembul
Tulakan” sampun dadosaken bebrayan semanget nindakaken
produktifitas nyambut damel tetanenipun. Faktor ekonomi sampun
ketingal saking lumampahing tradhisi kasebut.
63
Wontenipun panyengkuyung saking wewengkon sanes saged
damel bebrayan nindakaken pambudidaya ekonomi. Pambudidaya
punika awujud dagang supados angsal kauntungan. Pambudidayaning
bebrayan ingkang katindakaken antawisipun: ngawontenaken warung
dedhaharan, kios-kios jajan alit-alit, kios-kios souvenir lan papan
parkir. Ngupaya warga ingkang katindhakaken saged ngindhakaken
karaharjaning bebrayan.
2. Mupangat ing Bidang Sosial Budaya
Ing bidang Sosial Budaya tradhisi “Jembul Tulakan” cekap
narik kawigatosan sedaya bebrayan ingkang rumaos angnggadhahi
tradhisi kasebat. Sapunika saged ketingal saking bebrayan ingkang
tumut nglestarekaken lan jagi saking kahanan dunya ingkang tambah
majeng teknologinipun, lan kemoderenanipun.
Atraksi “Jembul Tulakan” punika saged narik kawigatosan
panyengkuyung budaya lan kangge aktivitas utawi padamelan budaya
nyelarasaken kaliyan alam lingkungan. Tradhisi “Jembul Tulakan” ugi
saged kangge tetingalan budaya, kangge bebrayan ingkang boten
tumut sacara langsung wonten ing salebetipun kagiatan sapunika.
Tradhisi “Jembul Tulakan” punika minangka aset ingkang
saged nambah pangasilan daerah. Langkah strategis ingkang sampun
dipunpendhet dening Dinas Pariwisata Jepara sampun jumbuh.
Nglebetaken tradhisi “Jembul Tulakan” wonten ing salah
64
setunggalipun jadwal paket wisata saged ngindhakaken kontribusi
daya tarik wisatawan ingkang badhe tindak dhateng kita Jepara.
3. Mupangat ing bidang Agami
Kawontenanipun tradhisi “Jembul Tulakan” punika wonten
gegayutanipun kaliyan kapitadosan bebrayan Tulakan. Bebrayan
dhusun Tulakan ingkang kathah agaminipun Islam lan tasih pitados
kaliyan kawontenanipun roh-roh ingkang wonten ing dhusun Tulakan.
Bebrayan ngnggadhahi pamanggih bilih tradhisi “Jembul
Tulakan” punika dipunwontenaken kangge donga nelakaken raos
syukur dhumateng Allah SWT. Tradhisi “Jembul Tulakan”
ngnggadhahi teges, inggih punika bilih kita sedaya kedah enget
dhumateng Allah SWT, minangka panguwaos dunya ingkang sampun
paring lumebering berkah wonten ing dunya punika. Mliginipun
generasi enem kedah marisaken lan nglestarekaken donga nelakaken
raos syukur dhumateng Allah SWT. Donga wonten ing tradhisi
“Jembul Tulakan” nggadhahi nilai ndhidhik kangge ngindhakaken
dedonga, jalaran lumantar donga ingkang kaaturaken saged damel
kesaenan kangge gesang ing bebrayan, limrahipun kangge leluhur
minangka danyang dhusun kasebat.
4. Mupangat ing bidang pariwisata
Acara tradhisi “Jembul Tulakan” punika dipunginakaken dening
bebrayan kangge papan wisata. Katah kelurga ingkang sesarengan
ningali tradhisi “Jembul Tulakan” kangge sarana hiburan. Bebrayan
65
sesarengan kesah ningali ritual “Jembul Tulakan” lan wangsulipun
tumbas oleh-oleh. Amargi papan tetingalan tradhisi “Jembul Tulakan”
caket kalian Benteng Portugis sarampungipun tradhisi “Jembul
Tulakan” rampung bebrayan kesah wonten ing Benteng Portugis.
Amargi tradhisi “Jembul Tulakan” sampun mlebet wonten ing
paket wiasata ing kutha Jepara, dados ingkang ngrawuhi boten
namung bebrayan saking Kecamatan Donorojo ananging saking
bebrayan sajawinipun Kecamatan Donorojo lan para turis utawi
wisatawan asing.
66
BAB IV
DUDUTAN LAN PAMRAYOGI
A. Dudutan
Adhedhasar asil panaliten lan panjlentrehan wonten ing Bab IV punika
saged dipundudutaken, antawisipun:
1. Wujud-wujuding tradhisi bebrayan Kecamatan Donorojo ingkang
sesambetan kaliyan tradhisi “Jembul Tulakan” inggih punika tradhisi
acara reresik dhusun, tradhisi acara “manganan”, tradhisi acara
tahlilan, tradhisi acara ringgit wacucal, tradhisi acara arak jembul lan
acara resikan.
2. Persepsi bebrayan Kecamatan Donorojo ngengingi tradhisi “Jembul
Tulakan” inggih punika bebrayan Kecamatan Donorojo gadhah
pamanggih bilih tradhisi “Jembul Tulakan” punika minangka mitos lan
bebrayan pitados leresing mitos kasebat. Prakawis punika kabukten
wonten ing wekdal-wekdal tartamtu panyengkuyungipun nindakaken
tradhisi “Jembul Tulakan”.
3. Tradhisi “Jembul Tulakan” gadhah nilai pendidikan, nilai pendidikan
kasebat saged dados paugeraning gesang ing bebrayan. Wonten ing
nilai pendidikan punika: a. Nilai sosial: paugeran kangge solah
bawanipun bebrayan ing sesrawungan lan paring rijeki kaliyan tiyang
sanes. b. Nilai Religi: pitados ngengingi nilai spiritual, raos syukur lan
paring donga. c. Nilai Moral: Wontenipun nilai pendidikan cara
ngurmati leluhur lan ngurmati tiyang sanes.
66
67
B. Panyaruwe
Pamrayogi ingkang prelu kaaturaken.
1. Tradhisi “Jembul Tulakan” punika minangka tradhisi ingkang kedah
dipunlestarekaken. Awit tradhisi punika nggadhahi kaunikan ing
tatacara pagelaranipun.
2. Kangge nglestarekaken tradhisi “Jembul Tulakan” punika kedahipun
boten namung bebrayan ingkang magepokan kaliyan tradhisi punika
kemawon ingkang kedah aktif, ananging ugi sedaya pihak, inggih
punika saking Pemerintah mliginipun Dinas Pariwisata lan
Kabudayan.
3. Tradhisi “Jembul Tulakan” punika kedah dipungelar rutin saben taun,
supados bebrayan ingkang dereng lan sampun mangertos tradhisi
punika tansah emut bilih warisan kabudayan punika kedah
dipunlestareaken.
4. Kawontenan tradhisi “Jembul Tulakan”, pamarintah kedah
ngginakaken kangge adhedhasar tetimbangan salebetipun usaha
perekonomian, sosial budaya, agama lan pariwisata.
68
KAPUSTAKAAN
Abu ahmadi, H.,Supatmo, A., 2008. Ilmu Alamiah Dasar. Jakarta : PT. RinekaCipta.
Anton, M.M. 1993. Kamus Besar Bahasa Indonesia. Jakarta: Balai Pustaka.
Arikunto, Suharsimi. 2006. Prosedur Penelitian, Suatu Pendekatan Praktek.Jakarta: Rineka Cipta.
Bekti. Pertapaan Ratu Kalinyamat. Jepara
____. Babad Desa Tulakan. Jepara
Budianto, Melani, ( Rene Wellek dan Austin Warren)1990. Teori Kesustraan.Jakarta: Gramedia.
Danandjaya, James. 2002. Folklor Indonesia. Jakarta: Pustaka Utama Grafiti.
Endraswara, Suwardi. 2003. Metodologi Penelitian Kebudayaan. Yogyakarta:Gadjah Mada University Prees.
Hartoko, Black. 1985. Strategi Kebudayaan. Yogyakarta: Kanisius.
Herimanto, Winarno. 2008. Ilmu Sosial dan Budaya Dasar. Jakarta: PT. BumiAksara.
Koentjaraningrat. 2002. Pengantar Ilmu Antropologi. Jakarta: Rineka Cipta.
_______. 2005. Pengantar Antropologi 1. Jakarta: Rineka Cipta.
Maran, Rafael. 2007. Manusia dan Kebudayaan Dalam Perspektif Ilmu BudayaDasar. Jakarta: Rineka Cipta.
Peursen, Ca Van. 1988.Stategi Kebudayaan. Yogyakarta: Kanisius.
_____. 2009. Strategi Kebudayaan.Yogyakarta: Kansius.
Poerwadarminta, W. J. S. 2005. Kamus Umum Bahasa Indonesia. Jakarta: BalaiPustaka.
Purwadi. 2006. Kamus Besar Bahasa Jawa. Yogyakarta: Bina Media._____. 2009. Folklor Jawa. Yogyakarta: Pura Pustaka.
Raminah, Baribin. 1989. Teori Kritik dan Penilaian Sastra. Semarang: IKIPSemarang Press.
Sodikan. 2001. Metode Penelitian Sastra Jawa. Surabaya: Centra Wacana.
8
669
Tilaar, H. A. R. 2002. Pendidikan Kebudayaan dan Masyarakat MadaniIndonesia. Bandung: PT Remaja Rosdakarya Offset Bandung.
DAFTAR NAMA INFORMAN
NO NAMA ALAMAT Padamelan
1. Suparni Dhusun Tulakan Juru Kunci
2. Bekti Dhukuh Bandung Pajang Dwija
3. Sutrisna Dhusun Tulakan Kepala Desa
4. Solikul Huda Kecamatn Kalinyamatan Seniman
5. Bagas Kecamatan Kalinyamatan Mahasiswa
PITAKENAN WAWANCARA
1. Kados pundi cariyos mula bukanipun tradhisi “Jembul Tulakan” ing
Kecamatan Donorojo punika?
2. Kados pundi rerangkening tradhisi “Jembul Tulakan” ing Kecamatan
Donorojo punika?
3. Kados pundi prosesi lelampahanipun tradhisi Arak Jembul punika?
4. Punapa kemawon ubarampe ingkang dipunbetahaken wonten ing
salebetipun tradhisi “Jembul Tulakan” punika?
5. Kados pundi pamanggihipun bebrayan tumrap tradhisi “Jembul Tulakan”
punika?
6. Punapa nilai pendidikan ingkang saged kapendhet wonten ing tradhisi
“Jembul Tulakan” punika?
Asil Wawancara
Nama : Suparni
Alamat : Dhusun Tulakan
Padamelan : Juru kunci petilasan Ratu Kalinyamat
Tradhisi “Jembul Tulakan” sing ana ing kene kuwi asli tradhisi saka
daerah Kecamatan Donorojo iki, mligine dhusun Tulakan. Tradhisi iki ana
gegayutane karo tokoh kang babad alas dhusun Tulakan iki, yaiku Kanjeng Ratu
Kalinyamat.
Mula bukane tradhisi “Jembul Tulakan” yaiku lampah kangge ngenget
laku tapabratane Ratu Kalinyamat, kang unine “ora pisan-pisan ingsun jengkar
saka tapaningsun, yen ingsun durung bisa kramas rah lan nganggo keset jembule
Arya Penangsang”. Ratu sumpah bakal males ukum pejahe bojone yaiku Sultan
Hadirin”
Critane ing tapabratane Ratu ana kedadeyan peperangan, antarane prajurit
Pajang kang dipimpin Suta Wijaya lan prajurit Jipang Panolan kang dipimpin
Arya Penangsang. Ing peperangan Arya Penangsang kalah ing tangane Danang
Suta Wijaya. Sanalika Danang Suta Wijaya mothol Jembule lan mundhut
semangkok getihe Arya Penangsang, nembe ngutus prajurite maringake marang
Kanjeng Ratu.
Pengertian “Jembul Tulakan” iku mula bukane ing jaman biyen prajurit-
prajurit anggone gawa getih lan jembule Arya Penangsang diarak dening prajurit-
prajurit tumuju papan tapane ratu. Dene para bebrayan Tulakan anggone ngurmati
Ratu Kalinyamat ngadakna tradhisi “Jembul Tulakan”, kang wujudipun ngarak
Jembul mubeng desa. Tapi Jembule wus ora Jembule Arya Penangsang, ananging
saka ancak kang diirat kesane mirip Jembul.
Anggone bebrayan nglakoni tradhisi “Jembul Tulakan” iki ana ritual-ritual
kang kudu dilakoni sadurunge acara Arak Jembul. Yaiku sepisanan acara resik-
resik desa, manganan, tahlilan, tontonan wayang, nembe arak Jembul. Yen acara
wus rampung nembe acara resikan.
Asil Wawancara
Nama :Bekti
Alamat : Dhukuh Bandung Padang
Padamelan : Dwija
Tradhisi sing ana ing dhusun Tulakan iki mula bukane saka tapa bratane
Kanjeng Ratu Kalinyamat. Sadurunge acara arak Jembul dimulai, ana ritual-ritual
kang kudu dilakoni. Yaiku resik dusun, resik dusun yaiku resik-resik dusun, dalan
kang bakal diliwati arak jembul kudu diresiki, papan petilasan Ratu Kalinyamat
ugi pada diresiki amargi kanggo acara manganan, lan tahlilan. Acara manganan
yaiku acara selametan ana ing papan petilasan Ratu Kalinyamat, masyarakat kang
rawuh padha gawa sega kang ana lawuhe. Nembe dilanjutna acara tahlilan, yaiku
maos surat tahlil lan maos asma-asma Allah sesarengan ana ing kapundhen Ratu
Kalinyamat. Dilanjutna acara nonton wayang sewengi muput ana ing omahe
Kepala Desa, Kepala Desa kang saiki asmane Bapak Sutrisna. Isue nembe acara
arak Jembul yaiku ngarak Jembul mubeng desa tumuju papan petilasan Ratu
Kalinyamat.
Jembul iku ana werna loro yaiku Jembul Lanang lan Jembul Wadon. Dene
Jembul kang diarak ana sekawan Jembul. Jembul lanang loro, wadon loro. Asma
Jembul sekawan kang diarak iku migunakake asma-asma padhukuhan kang ana
ing dhusun Tulakan, yaiku Jembul Krajan, Jembul Ngemplak, Jembul Winong lan
Jembol Drojo. Sabenere ana enem dhukuh ing dhusun Tulakan, ananging kang
diarak namung 4 asma Jembul.
Kasunyatane bebrayan pitados nglampahi tradhisi Arak Jembul supaya
diparingi kesejahteraan, adoh saka mala, lan gampang rejekine. Ugi kangge
ngurmati Ratu Kalinyamat kang wus babat alas dhusun Tulakan.
Asil Wawancara
Nama : Sutrisna
Alamat : Dhusun Tulakan
Padamelan : Kepala Desa
Tradhisi “Jembul Tulakan” iku dilampahi saben taun ing wulan Apit
dinten Senin Pahing. Ancas saka tradhisi iku yaiku ngucap syukur marang Gusti
Allah amargo wus maringi rijeki limpahan panen ing taun iki.
Ing salah sijine werna-werna acara “Jembul Tulakan” iku ana salah siji
acara kang jenenge acara manganan. Acara manganan yaiku acara kang dilakoni
ana ing papan petilasan Ratu Kalinyamat. Saben wong kang melu acara manganan
diwajibake gawa sega ambengan lan iwake. Tradhisi acara manganan iku dimulai
jam 16.00 sore nganti sarampunge.
Tradhisi iki wus turun temurun saka simbah kakung lan dadi tontonan
tradhisi kang dienten-enteni masyarakat Tulakan lan sapiturute. Tradhisi “Jembul
Tulakan” iki entuk perhatian saka Pamerintah, buktine wayah tradhisi arak jembul
digelar pamerintah saka Dinas Pariwisata lan Budaya pada Rawuh nggango
kamera dokumentasai. Tradhisi iki kang nonton rame banget, pamerentah ugi
nyediakake aparat kanggo jaga nalika Jembul diarak.
Asil Wawancara
Nama : Solikul Huda
Alamat : Kecamatan Kalinyamatan
Padamelan : Seniman
Aku minangka wong kang seneng marang kebudayaan, remen sanget
nalika ningali tradhisi “Jembul Tulakan” iki. Tradhisi iki kagolong tradhisi kang
unik , amarga anggone gawe Jembul kreatif sanget, yaiku saka ancak kang diirat
pramila saemper kaya jembul manungsa. Tradhisi iki kudu dilaksanaake saben
taun, jalaran tradhisi iki kagolong tradhisi kangge ngurmati tokoh kang wus babat
alas dhusun Tulakan Kecamatan Donorojo iki. Tradhisi iki uga ora mung dadi
tontonan ananging paring kauntungan kanggo Pamerentah Jepara amargi devisane
tambah. Tradhisi iki wus mlebu agenda tempat wisata kang ana ing Kutha Jepara,
iku kabukti saka akehe turis kang padha ningali nalika acara Arak Jembul.
Tradhisi “Jembul Tulakan” iki uga maringi piwulangan kanggo pemimpin
dhusun Tulakan, ora mung Kepala Desane ananging uga Perangkat-perangkate.
Asil Wawancara
Nama : Bagas Fatah
Alamat : Kecamatan Pecangaan
Padamelan : Mahasiswa
Tradhisi “Jembul Tulakan” iku tradhisi kang unik, tradhisi kang wus turun
temurun. Akeh wong saka liya Kecamatan Donorojo rame-rame padha ningali
tradhisi “Jembul Tulakan”, mligine nalika wayah acara arak jembul. Yen tak
delok sakliyane acara tontonan tradhisi “Jembul Tulakan”, tradhisi “Jembul
Tulakan” uga maringi ajining pendhidhikan mligine ing bidang agami, ing tradhisi
ngajari donga, ngucap syukur dhumateng Allah SWT, uga akeh mumpangat
liyane kang ana ing sajrone acara tradhisi “Jembul Tulakan” iku.
Kepala D
Kepala Desa lan Juru Ku
Gambar 5
esa lan Penari tayub
Gambar 6
nci Petilasan Ratu Kalinyamat Sonder