sastra wayangmedia.sabda.org/.../09_bonus/pdf_teks_lain/sastra_wayang.pdf · pramila saking punika...

12
Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI Semester Genap www.setyawara.tk | 1 SASTRA WAYANG Wayang punika salah satunggaling kabudayan ingkang dumadi saking wewayangan ingkang sinungging, wayang wiwit wonten ing samadyaning jagad tiyang Jawi udakawis abad kaping-11 rikala jaman Prabu Airlangga kados ingkang sinerat salebeting kakawin Arjuna Wiwaha, pada 59 ingkang suraosipun salebeting basa Kawi (Jawi Kina) mekaten ; Ña{no{nTonRi+ gitMn+ zisHsekelM?faifepPnHuwusW?]htuwi nY nWlul+ a izuki/ {molhazucpHtu/n i+ w+ t`{sN+ wisymlatnWiaiknrittWnY nMysannNi+ *wsilumn\"Hanonton ringgit manangis asekel muda hidepan huwus wruh wruh towin yan walulang ingukir molah angucap hatur ning wang tresnèng wisaya malaha tan wihikana ri tatwan yan maya sahananing bhawa siluman". Tegesipun ; "Mirsani ringgit ngantos nangis, bombong sarta kingkin manahipun, sanajan sampun wikan bilih kang dinulu namung lulang sinunggingan manungsa lan kados saged tata jalma, ingkang mirsani wayang (ringgit) kados déné tiyang ingkang kataman hardaning kanepson satemah kesupèn, lan boten nginten bilih sedaya kalawau namung wewayangan ingkang maya." Mula bukanipun wonten wayang ngantos dinten punika taksih kirang terwaca awit kathahipun sarjana-sarjana mancanagri ingkang ngawontenaken panalitèn bab asal-usulipun wayang satemah kathah pemanggih antawisipun kadosta ing ngandhap punika ; 1. Golonganipun sarjana ingkang ngendikaaken bilih wayang punika asalipun saking Hindustan, pranyatan punika dipunjalari kaliyan wontenipun tetembungan Sansekerta Cyanatk yanatk yanatk yanatk (Chayanataka) ingkang tegesipun wewayangan ingkang kinanthi dolanan. Pramila saking punika lajeng sarjana manca kadosta; Krom, Pischel, Poensen lan Ras, ngendikaaken bilih wayang punika asal-usulipun saking tanah India. 2. Golonganipun sarjana ingkang ngendikaaken bilih wayang punika asalipun saking Tiongkok, pranyatan punika dipunjalari kaliyan wontenipun tetembungan Ying-hé ingkang mengku teges wewayangan mawi dolanan, ugi wonten tetembungan malih bilih wayang punika saking tetembungan basa Cina wayaah, basa Mandarin woying lan basa Kanton woyong. Pramila saking punika Gosling lan Kwee Kek Beng nggadhahi pemanggih bilih wayang asalipun saking Tiongkok. 3. Golonganipun sarjana manca ingkang ngendikaaken bilih wayang punika asli saking tanah Jawa, pranyatan punika dipunjalari maneka warna sebab antawisipun sejarah kasusastran Jawi ingkang sampun sepuh yuswanipun, ugi wontenipun tatacara tiyang Jawi kina ingkang pitados kaliyan roh arwahipun para luhur lajeng dipunsembah kanthi ndamel wewayanganipun. Wondéné sarjana manca ingkang nggadhahi pemanggih mekaten kadosta Brandes, Hazeu, Rentse, Kats lan Kruyt.

Upload: others

Post on 17-Nov-2020

4 views

Category:

Documents


0 download

TRANSCRIPT

Page 1: SASTRA WAYANGmedia.sabda.org/.../09_BONUS/pdf_teks_lain/sastra_wayang.pdf · Pramila saking punika lajeng sarjana manca kadosta; Krom, Pischel, Poensen lan Ras, ngendikaaken bilih

Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI Semester Genap

www.setyawara.tk | 1

SASTRA WAYANG

Wayang punika salah satunggaling kabudayan ingkang dumadi saking wewayangan

ingkang sinungging, wayang wiwit wonten ing samadyaning jagad tiyang Jawi udakawis abad

kaping-11 rikala jaman Prabu Airlangga kados ingkang sinerat salebeting kakawin Arjuna

Wiwaha, pada 59 ingkang suraosipun salebeting basa Kawi (Jawi Kina) mekaten ;

Ña{no{nTonRi+gitMn+zisHsekelM?faifepPnHuwusW?]htuwinYnWlul+a izuki/ {molhazucpHtu/ni+w+t`{sN+wisymlatnWiaiknrittWnYnMysannNi+ *wsilumn\.Ñ

"Hanonton ringgit manangis asekel muda hidepan huwus wruh wruh towin yan walulang ingukir molah

angucap hatur ning wang tresnèng wisaya malaha tan wihikana ri tatwan yan maya sahananing bhawa

siluman".

Tegesipun ;

"Mirsani ringgit ngantos nangis, bombong sarta kingkin manahipun, sanajan sampun wikan bilih kang

dinulu namung lulang sinunggingan manungsa lan kados saged tata jalma, ingkang mirsani wayang

(ringgit) kados déné tiyang ingkang kataman hardaning kanepson satemah kesupèn, lan boten nginten

bilih sedaya kalawau namung wewayangan ingkang maya."

Mula bukanipun wonten wayang ngantos dinten punika taksih kirang terwaca awit

kathahipun sarjana-sarjana mancanagri ingkang ngawontenaken panalitèn bab asal-usulipun

wayang satemah kathah pemanggih antawisipun kadosta ing ngandhap punika ;

1. Golonganipun sarjana ingkang ngendikaaken bilih wayang punika asalipun saking

Hindustan, pranyatan punika dipunjalari kaliyan wontenipun tetembungan Sansekerta

CCCCyanatkyanatkyanatkyanatk (Chayanataka) ingkang tegesipun wewayangan ingkang kinanthi dolanan.

Pramila saking punika lajeng sarjana manca kadosta; Krom, Pischel, Poensen lan Ras,

ngendikaaken bilih wayang punika asal-usulipun saking tanah India.

2. Golonganipun sarjana ingkang ngendikaaken bilih wayang punika asalipun saking

Tiongkok, pranyatan punika dipunjalari kaliyan wontenipun tetembungan Ying-hé

ingkang mengku teges wewayangan mawi dolanan, ugi wonten tetembungan malih

bilih wayang punika saking tetembungan basa Cina wayaah, basa Mandarin woying

lan basa Kanton woyong. Pramila saking punika Gosling lan Kwee Kek Beng

nggadhahi pemanggih bilih wayang asalipun saking Tiongkok.

3. Golonganipun sarjana manca ingkang ngendikaaken bilih wayang punika asli saking

tanah Jawa, pranyatan punika dipunjalari maneka warna sebab antawisipun sejarah

kasusastran Jawi ingkang sampun sepuh yuswanipun, ugi wontenipun tatacara tiyang

Jawi kina ingkang pitados kaliyan roh arwahipun para luhur lajeng dipunsembah

kanthi ndamel wewayanganipun. Wondéné sarjana manca ingkang nggadhahi

pemanggih mekaten kadosta Brandes, Hazeu, Rentse, Kats lan Kruyt.

Page 2: SASTRA WAYANGmedia.sabda.org/.../09_BONUS/pdf_teks_lain/sastra_wayang.pdf · Pramila saking punika lajeng sarjana manca kadosta; Krom, Pischel, Poensen lan Ras, ngendikaaken bilih

Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI Semester Genap

www.setyawara.tk | 2

Saking pemanggih tigang perkawis ing nginggil mracihnani bilih wayang punika boten

namung dipunmangertosi lan sinaoni déning tiyang Jawi kèmawon malah kepara para sarjana

manca kathah ingkang kepéncut nyinaoni bab punika. Wayang punika wiwit saking

dipunwontenaken ngantos dumugi dinten punika sampun kathah ingkang dipunowahi.

Wondéné cak-cakanipun wayang kados ing ngandhap punika;

1. Jaman Mataram kina, Kediri, wandanipun wayang taksih arupi gambar ingkang

sinungging ing lulang, wondéné cariyosipun mendhet cariyos saking lampahan-

lampahan para pepundhèn lan leluhur tiyang Jawi.

2. Jaman Majapahit, wandanipun wayang taksih sami kaliyan jaman Mataram

punapadéné Kediri namung sampun langkung pepak gegambaranipun, cariyosipun

kathah mendhet saking lampahan Panji.

3. Jaman Demak, wandanipun wayang sampun dipunukir kadosdéné wayang-wayang

jaman sakpunika. Ingkang dipunwiwiti déning para wali.

4. Jaman Mataram Islam, Kartasura, Surakarta lan Ngayogyakarta, wandanipun

wayang sampun pepak kados ingkang saged dipunpirsani ngantos dumugi

sakpunika.

� Saklajengipun jinising wayang lan lampahan ingkang ginelar wonten pagelaran wayang ;

1. Wayang beber, wujudipun lulang ingkang sinungging, mendhet lampahan cariyos

Panji.

2. Wayang purwa, wujudipun lulang ingkang sinungging lan inukiran, mendhet

lampahan cariyos Mahābhārata lan Rāmāyana.

3. Wayang madya, wujudipun lulang ingkang sinungging lan inukiran, mendhet

lampahan cariyos Jaman Jayabaya, Gendrayana, Yudhayana.

4. Wayang golèk, wujudipun saking kajeng ingkang inukiran, mendhet lampahan

cariyos mènak menawi ing Jawi lan Mahãbhãrata menawi ing tanah Pasundan.

5. Wayang kancil, wujudipun lulang ingkang sinungging lan inukiran mawi

gegambaran sato kéwan. Mendhet lampahan cariyos para kéwan.

Saking jinising wayang ingkang sinebut ing nginggil kalawau namung wayang purwa

ingkang kathah dipungandrungi déning tiyang Jawi, wayang punika mendhet lampahan

saking babon Mahābhārata lan Rāmāyana ingkang sampun rinoncé déning para Pujangga Jawi

satemah wonten bèntenipun kaliyan babon aslinipun ingkang saking India. Awit wayang

punika rumiyin minangka salah satunggaling sarana dakwah para wali, pramila sarining

cariyos India ingkang taksih mambet kaliyan Hindu dipunkirangi sekedhik mbaka sekedhik

ngantos boten ketingal Hindunipun. Babon aslinipun ingkang saking India punika winastan

kitab Mahābhārata lan Rāmāyana, Mahābhārata punika salah satunggaling kitab suci tumrap

tiyang Hindu India ingkang isinipun nyariosaken gumelaring jagad wangsa Bhārata ingkang

dipunwastani pandava lan kaurava ugi nyariosaken gumelaring perang ageng Bhãrata Yuddha

Page 3: SASTRA WAYANGmedia.sabda.org/.../09_BONUS/pdf_teks_lain/sastra_wayang.pdf · Pramila saking punika lajeng sarjana manca kadosta; Krom, Pischel, Poensen lan Ras, ngendikaaken bilih

Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI Semester Genap

www.setyawara.tk | 3

(utawi perangipun darah Bhārata) wonten ing cariyos punika kawontenanipun perang boten

namung dipunjalari rebatan negari namung ugi minangka pralambang tedhakipun avatar

Wisnu minangka Khrisna ingkang nedya nggulung kamurkan saha kliliping jagad lumantar

Arjuna lan para Pandawa, Mahābhārata punika ugi sinebut Asthadaça parva awit wujudipun

wonten wolulas bab, saking wolulas bab punika namung wolung parwa ingkang ngantos

wekdal punika pinanggih sinungging mawi sastra Jawi kina antawisipun wolung parwa

punika;

1. Ādiparwa, nyariosaken yajna sarpa (ngurbanaken sekabèhing naga saklumahing

jagad) déning Raja Janaméjaya putranipun Prabu Parikesit buyutipun Arjuna. lan

asal usulipun Pandhawa – Kurawa ngantos dumugi dhaupipun Arjuna kaliyan

Sembadra.

2. Wirātaparwa, nyariosaken lelampahanipun para Pandhawa ing nagri Wirata

3. Udyogaparwa, nyariosaken lampahan kresna duta.

4. Bhiçmaparwa, nyariosaken jumenengipun resi Bhisma minangka sénapati perang

Kurawa lan Bhagawad Gita sarta perang ageng Bhārata Yuddha.

5. Āśramawāsaparwa, nyariosaken lampahan saksampunipun perang Bhārata Yuddha

ingkang dipunmenangaken para Pandhawa.

6. Mosalaparwa, nyariosaken lampahan sirnaning bangsa Yadu kawulanipun prabu

Kresna.

7. Prasthanikāparwa, nyariosaken jumenenganipun Parikesit minangka ratu ing nagri

Astina.

8. Swargarohanaparwa, nyariosaken sédanipun para Pandhawa lan kawontenanipun

ing Jaman kelanggengan

Mekaten ugi Rāmāyana, menawi salebeting Mahābhārata Wisnu tedhak ing ngalam

donya minangka Khrisna salebeting Rāmāyana Wisnu tedhak ing donya minangka Rāmā

ingkang kagungan jejibahan nggulung angkara murkanipun Rahwana ratu ing Aléngka. Kitab

Rāmāyana wonten pitung kandha (bab) antawisipun;

1. Balakānda, nyariosaken lelampahanipun prabu Dasarata.

2. Ayodhyakānda, nyariosaken lelampahan alitipun Rãmã ngantos sayembara Sintha

lan dhaupipun Rãmã kaliyan Sintha.

3. Aranyakānda, nyariosaken lelampahan Rāmā, Sintha, lan Laksmana ing madyaning

wana, lan cariyos Rahwana nyulik Sintha.

4. Kiskhindhyakānda, nyariosaken lelampahanipun Subali lan Sugriwa.

5. Sundarakānda, nyariosaken lampahan Rãmã tambak lan cariyos Anoman obong.

6. Yuddhakānda, nyariosaken lampahan perang antawisipun Rāmā lan Rahwana

(Dasamuka).

7. Uttarakānda, nyariosaken lampahan saksampunipun perang lan cariyos Sintha

obong.

Page 4: SASTRA WAYANGmedia.sabda.org/.../09_BONUS/pdf_teks_lain/sastra_wayang.pdf · Pramila saking punika lajeng sarjana manca kadosta; Krom, Pischel, Poensen lan Ras, ngendikaaken bilih

Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI Semester Genap

www.setyawara.tk | 4

Punika warnanipun kitab kalih ingkang dados babon lampahan ringgit ing pagelaran

wayang purwa Jawi, nanging sinaosa babonipun punika cariyos saking kitab kekalih sampun

dipun entha lan ronce miturut raos Jawi ingkang sampun salin rasuk agama rasul inggih

punika Islam ingkang dinakwah déning para wali sanga saking kasultanan Demak Bintara.

Wondene urut-urutanipun cariyos punika ngantos dados pakem ing pagelaran wayang

purwa;

Ubarampé salebeting pagelaran wayang purwa punika wigatos sanget awit lumantar

punika wayang utawi ringgit saged dipunbabar lan tingali, wondéné ubarampénipun

antawisipun;

1. Layar/Geber Kelir kadamel saking bahan tekstil warni pethak pinalipit warni abrit utawi cemeng. panjangipun 12 mèter. wiyaripun 1.5 – 2 mèter.

2. Blèncong Suluh (cara kinanipun) deles kapuk lenga klentik. Nanging sakpunika blèncong dipungantos mawi lampu bolam ( 200 W ).

3. Wayang / ringgit wacucal Piranti baken ingkang kadamel saking lulang titatah lan sinungging utawi ginambar manut lakonipun.

4. Cempurit piranti ingkang kanggé nggapit wayang kadamel saking sungu kebo. 5. Simpingan kiwa lan tengen

Wayang ingkang tinancepaken ing gedebog jèjèr - jèjèr minangka paès. Ingkang siring tengen Brataséna (wayang ageng ) ngantos dumugi satriyan ( wayang ingkang alit ). Ingkang siring kiwa Buta Raton ngantos dumugi wayang alitan.

MAHĀBHĀRATA RĀMĀYANA

8 parwa ingkang sinebut ing

nginggil Kakawin Rāmāyana

Serat Bratayudha Serat Rama Jarwa

PAKEM PEDHALANGAN

RINGGIT PURWA

Serat Pustaka Raja Purwa

Page 5: SASTRA WAYANGmedia.sabda.org/.../09_BONUS/pdf_teks_lain/sastra_wayang.pdf · Pramila saking punika lajeng sarjana manca kadosta; Krom, Pischel, Poensen lan Ras, ngendikaaken bilih

Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI Semester Genap

www.setyawara.tk | 5

6. Kothak wadhah wayang Kothak kadamel saking kajeng ; Panjang : 190 cm / 170 cm Wiyar : 85 cm / 85 cm Kandel : 12- 15 cm /12 cm

7. Cempala asta ( saka kayu ) Kajeng binubut endah panjang udakawis 1,25 jengkal ( kilan ), ginanipun kanggé ndhodhog kothak paring sasmitha tumrapipun para niyaga.

8. Cempala suku Wesi gligèn binubut éndah panjang 1/2 kilan ( jengkal ) jinepit ing jempol suku kanggé nuthuk keprak.

9. Keprak ( saking wesi ) 10. Niyaga lan Pesindhèn

Tukang nabuh gamelan cacahipun wonten 12 – 15 tiyang utawi langkung ndhèrèk kabetahanipun. Pesindhèn / waranggana ingkang nglaras tetembangan.

11. Gamelan Gamelan ugi dipunwastani gangsa, punika piranti ingkang kanggé ngiring lampahanipun ringgit. Wondéné gamelan punika wonten kalih warnanipun; a. Gamelan Sléndro b. Gamelan Pélog

� Ricikan Gamelan baku ( kedah wonten )

- kenD= : - ge[nF/ :

- gmB= : - s<nQem\ :

- femu= - [bon=

Page 6: SASTRA WAYANGmedia.sabda.org/.../09_BONUS/pdf_teks_lain/sastra_wayang.pdf · Pramila saking punika lajeng sarjana manca kadosta; Krom, Pischel, Poensen lan Ras, ngendikaaken bilih

Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI Semester Genap

www.setyawara.tk | 6

- ke[n=o - kequkKemP-= :

- [g=o : - kemPul\ :

� Ricikan tambahan

- suli= - cemPÓ|= :

- xbb\ :

Wayang purwa Jawi, ingkang mendhet lampahan cariyos saking babon kitab

Māhabhārata lan Rāmāyana Sansekerta India, nanging wiwit bedhahipun kraton Majapait lan

adeging kraton Demak, cariyos Māhabhārata lan Rāmāyana punika sampun dipunéntha malih

déning para Wali lan pujangga Jawi satemah dados cariyos Māhabhārata lan Rāmāyana versi

Jawa ingkang sampun bènten kaliyan versi aslinipun ingkang saking India, awit wayang kanthi

cariyos Māhabhārata lan Rāmāyana punika kadamel dakwah Islam déning para Wali ing Tanah

Jawa. Ing ngandap punika sarasilahipun Pandawa lan Kurawa manut versi India lan versi Jawa ;

Page 7: SASTRA WAYANGmedia.sabda.org/.../09_BONUS/pdf_teks_lain/sastra_wayang.pdf · Pramila saking punika lajeng sarjana manca kadosta; Krom, Pischel, Poensen lan Ras, ngendikaaken bilih

Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI Semester Genap

www.setyawara.tk | 7

SARASILAH KAURAVA lan PANDAVA (INDIA)

Puru Dushamanta

YADAVA BHARATA

Hasti

Kuru

Gangga + Santanu + Satyavati + Parashara

Bhishma Chitrangada Vyasa

Ambika + Vichitravirya + Ambalika

(Vyasa)

Vasudéva Kunti………………………………………….Kunti + Pandu + Madri

Gandhari + Dhritarashtra

Balarama Krishna Subhadra

Kaurava Yudhisthira Bhima Arjuna Nakula Sahadéva (Duryodhana & 99 rayinipun)

Abhimanyu

Pariksit

Bangsa Yadava musnah Janamejaya

Page 8: SASTRA WAYANGmedia.sabda.org/.../09_BONUS/pdf_teks_lain/sastra_wayang.pdf · Pramila saking punika lajeng sarjana manca kadosta; Krom, Pischel, Poensen lan Ras, ngendikaaken bilih

Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI Semester Genap

www.setyawara.tk | 8

SARASILAH KURAWA LAN PANDAWA (JAWA)

Bathara Guru

Brama Wisnu

Basurata (Wirata) Bremani……………..+………………Déwi Srihunon Parikenan Basupati Manumayasa Sekutrem Basukesthi Sakri Basukiswara

Parasara……………….…+………………………Durgandini Durgandana

Ambika….+…… Abiyasa (Kresna Dwipayana)…..+…..Ambalika

Drestrarastra…+…Gandari Kunti...+... Pandu…………………..+…………….Madrim

Kurawa Pandawa (Duryodhana lan 99 rayinipun)

Yudistira Werkudara Arjuna Nakula Sadéwa

Abimanyu

Parikesit

Janamejaya

� JANGKEPING KAWRUH PEWAYANGAN ; Wayang kulit Jawa mliginipun wayang purwa, cariyosipun mendhet saking babon

cariyos saking kitab – kitab bangsa Hindu (India) ; nanging cariyos punika sampun dipunothak – athik lan kajumbuhaken kaliyan swasana Jawa lan tedhakipun agama Islam. Wondéné cariyos punika antawisipun ;

� Cariyos Arjunasasrabahu, cariyos punika kadadéyanipun nalika Bathara Wisnu manjalma /manitis dados prabu Arjunasasrabahu, paraga baken cariyos punika antawisipun ;

Page 9: SASTRA WAYANGmedia.sabda.org/.../09_BONUS/pdf_teks_lain/sastra_wayang.pdf · Pramila saking punika lajeng sarjana manca kadosta; Krom, Pischel, Poensen lan Ras, ngendikaaken bilih

Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI Semester Genap

www.setyawara.tk | 9

⇒ Patih Suwanda / Sumantri ⇒ Sukrasana ⇒ Dasamukha ⇒ Arjunasasrabahu ⇒ Para déwa tridasa watak nawa

wis× a/junss]bau sumnÒ`i fsmuk � Cariyos Rāmāyana, cariyos kadadéyanipun nalika Bathara Wisnu manjalma /

manitis dados prabu Rāmāwijaya, paraga baken cariyos punika antawisipun ; ⇒ Radén Ramawijaya ⇒ Déwi Sintha / Sita ⇒ Prabu Dasarata ⇒ Prabu Rahwana ⇒ Sarpakenaka ⇒ Radén Kumbakarna ⇒ Radén Gunawan Wibisana ⇒ Dewi Kekayi ⇒ Radén Barata ⇒ Radén Laksamana ⇒ Resi Sumali ⇒ Prabu Subali lan Sugriwa ⇒ Para déwa tridasa watak nawa ⇒ Radén Anoman, Anila, Anggada, lsp.

rmwijy sinT lkSMn fsrt

Page 10: SASTRA WAYANGmedia.sabda.org/.../09_BONUS/pdf_teks_lain/sastra_wayang.pdf · Pramila saking punika lajeng sarjana manca kadosta; Krom, Pischel, Poensen lan Ras, ngendikaaken bilih

Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI Semester Genap

www.setyawara.tk | 10

fsmuk sug]iw subli a[nomn\ � Cariyos Māhābharata, cariyos kadadéyanipun nalika bathara Wisnu manjalma /

manitis dados prabu Kresna, paraga bakenipun antawisipun ; ⇒ Pandhawa Lima, Puntadéwa, Bima, Arjuna, Nakula lan Sadéwa. ⇒ Sata Kurawa, Duryudana, Dursasana, Burisrawa, lsp. ⇒ Resi palasara ⇒ Resi bhisma ⇒ Resi Durna ⇒ Prabu Kresna ⇒ Prabu Baladéwa ⇒ Prabu Kresna ⇒ Prabu Drupada ⇒ Prabu Matswapati ⇒ Dewi Kunthi ⇒ Prabu Drestharastra ⇒ Prabu Pandudewanata ⇒ Radén Yama Widura ⇒ Dewi Gandari ⇒ Para déwa tridasa watak nawa ⇒ Radén Abimanyu, Gatotkaca, Antareja, Antaséna, Lsp.

yfisTir we/kufr a/jun nkul

s[fw ant[sn k}sN f}sÒ`rsÒ ̀

Page 11: SASTRA WAYANGmedia.sabda.org/.../09_BONUS/pdf_teks_lain/sastra_wayang.pdf · Pramila saking punika lajeng sarjana manca kadosta; Krom, Pischel, Poensen lan Ras, ngendikaaken bilih

Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI Semester Genap

www.setyawara.tk | 11

bisM k/n bl[fw g[totKc Salebeting Cariyos Wayang Purwa, lampahan punapa kémawon mesthi wonten

paraganipun para panakawan utawi abdi wulu cumbu, panakawan punika wonten kalih ;

a. Panakawan ingkang momong Kabecikan (para satriya) wonten 4 cacahipun ;

o Ki Lurah Semar Badranaya � Aslinipun Bathara Ismaya

o Ki Lurah Nala Garéng,

o Ki Lurah Pétruk Kantong Bolong,

o Ki Lurah Bagong,

kilurhsem/ kilurhg[r= kilurh[pt(k\ kilurhb[g=o b. Panakawan ingkang momong Kadurjanan (para raseksa) wonten 2 cacahipun ;

o Ki Lurah Togog, � Aslinipun Bathara Tejamaya

o Ki Lurah bilung Saraita,

kilurh[to[gog\ kilurhbilu=

� Wondéné paraga wayang purwa Jawa ingkang baken wonten cariyos lampahan Arjuna sasrabahu, Ramayana lan Mahabharata, antawisipun ;

o Ki Lurah Semar o Ki lurah Garéng o Ki Lurah Pétruk o Ki Lurah Bagong

Page 12: SASTRA WAYANGmedia.sabda.org/.../09_BONUS/pdf_teks_lain/sastra_wayang.pdf · Pramila saking punika lajeng sarjana manca kadosta; Krom, Pischel, Poensen lan Ras, ngendikaaken bilih

Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XI Semester Genap

www.setyawara.tk | 12

o Ki Lurah Togog o Ki Lurah Bilung o Para Déwa tridasa watak nawa o Dasamuka o Titisan Wisnu o Anoman

� Péranganipun para paraga salebeting lampahan – lampahan kasebut ing nginggil, saged dipunpirsani ing ngandhap punika ;

o Jaman Arjunasasrabahu : � Titisan Wisnu manjalma dados Prabu Arjunasasrabahu � Para panakawan Semar, Pétruk, Garéng, lan Bagong momong Radén

Sumantri (Patih Suwanda). � Para panakawan Togog lan Bilung momong Dasamuka � Dasamuka � Para Déwa tetep sami

o Jaman Rāmāyana : � Titisan Wisnu Manjalma dados Prabu Ramawijaya � Para panakawan Semar, Pétruk, Garéng, lan Bagong momong Prabu

Ramawijaya). � Para panakawan Togog lan Bilung momong Dasamuka � Dasamuka � Anoman � Para Déwa tetep sami

o Jaman Māhābharata : � Titisan Wisnu Manjalma dados Prabu Kresna � Para panakawan Semar, Pétruk, Garéng, lan Bagong momong Radén Arjuna � Para panakawan Togog lan Bilung momong para ratu sabrangan � Anoman � Para Déwa tetep sami