quran suci jarwa jawi — javanese translation and commentary … · 2010-10-04 · tanah mesir...

265
QUR’AN SUCI DALAH TAFSIRIPUN Maulana Muhammad Ali www.aaiil.org JARWA JAWI

Upload: others

Post on 28-Jul-2020

25 views

Category:

Documents


0 download

TRANSCRIPT

Page 1: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

QUR’AN SUCI

DALAH TAFSIRIPUNMaulana Muhammad Ali

www.aaiil.org

JARWA JAWI

Page 2: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

The Holy Quran

Yasanipun :MaulanaMuhammadAliIngkangAnjarwakaken :R.Ng.H.MinhadjurrahmanDjajasugita&M.MuftiSharifDesignLayout :ErwanHamdani&BasharatAsgharAli

Cetakan2001

Darul Kutubil IslamiyahJl.KesehatanIXNo.12JakartaPusat10160Telp.021-3844111

e-mail:[email protected]

Website:Indonesia Internasional-www.aaiil.org/indonesia -www.muslim.org-www.studiislam.wordpress.com -www.aaiil.org-www.ahmadiyah.org

Page 3: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

JUZ XV

SURAT 17

BANI ISRAIL

(Trah Israil)

KADHAWUHAKEN ING MAKKAH

(12 ruku’, 111 ayat)

Pathinipun:

Ruku’ 1. Pidana tumrap trah Israil. Ruku’ 2. Saben tindak mesthi wonten wohipun. Ruku’ 3, 4. Piwulang budipakerti. Ruku’ 5. Para kafir saya andadra. Ruku’ 6. Mesthi atemahan dipun siksa. Ruku’ 7. Panglawanipun sétan dhateng para tulus. Ruku’ 8. Panglawan dhateng Kanjeng Nabi. Ruku’ 9. Panggorohan badhé sirna déning dhatengipun yakti. Ruku’ 10. Quran punika pangéram-éram ingkang angédab-édabi. Ruku’ 11. Santolan sapélé. Ruku’ 12. Katandhing kaliyan pèpèngetipun Kanjeng Nabi Musa.

Irah-irahanipun saha sasambetanipun

Surat punika kanamakaken Bani Isrâil (Trah Israil), inggih punika umat ingkang ing sakawit bangsa ingkang ageng, kawasa lan kajèn kèringan ing donya, ing wasananipun tampi pidana ingkang ageng lan ngantos mèh cures margi saking anggènipun murang-yekti. Surat punika kawiwitan lan kapungkasan kalayan anyebutaken lampahanipun bangsa wau. Wiwitaning pangandika ing wekasaning surat punika, anedahaken kalayan cetha bilih andharan wau kinarsakaken supados dadosa pèpènget tumrap para Muslimin piyambak tuwin tumrap para mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi. Ingkang kapangandikakaken inggih punika nasib ingkang kasandhang déning umat Israil ing nalika dados bangsa ingkang ageng, sarta nasib mengsah-mengsahipun ing nalika taksih sami ringkih saha kinaniaya; sadaya wau mengku piweca ingkang terang gamblang ing bab nasib ingkang badhé dipun sandhang déning para titiyang Quraisy, tuwin lalampahan punapa ingkang kacalonaken dados bubuhanipun para Muslimin ing sasampunipun dados kuwaos. Ing surat punika pidananipun titiyang Israil kasebutaken wonten ing wiwitaning surat, dados sasambetanipun surat punika kaliyan surat ingkang sampun, sampun cetha. Surat ingkang sampun dipun pungkasi sarana anedahaken dhateng para Muslimin, kados pundi sagedipun piyambakipun dados umat ingkang ageng, déné surat punika dipun wiwiti sarana dhawuh dhateng para Muslimin amigatosaken nasib ingkang kasandhang déning satunggaling umat, ingkang sampun saged anggayuh ing kamulyan nanging wekasanipun ambruk; déné sababipun ambruk wau margi umat wau nilar piwulang-piwulang ingkang nyababaken piyambakipun angsal kamulyan wau.

Ingkang kawarsitakaken

Ingkang rumiyin piyambak anyebutaken Mi’raj-ipun Kanjeng Nabi, ingkang kedah dipun tegesi nyasmitakaken kamulyan ingkang badhé dipun gayuh déning Kanjeng Nabi tuwin kaluhuran ingkang badhé dipun gayuh déning umat Islam. Dados, ruku’ ingkang kantun piyambak ing surat ingkang

Page 4: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Trah Israil Juz XV 758

sampun, wigatos paring sawenèh tuntunan dhateng para Muslimin, ingkang manawi dipun dhèrèk saged anjalari para Muslimin dados umat ingkang ageng; déné ing surat punika, wonten ing wiwitanipun, inggih punika ing dalem mi’rajipun Kanjeng Nabi, wonten piweca ingkang terang gamblang bab kaluhuranipun umat Islam. Sasampunipun anyebutaken punika, para Muslimin lajeng dipun paringi pèpènget bab lalampahan ingkang dipun sandhang déning umat Israil, ingkang ing nalika jaman sadèrèngipun sampun naté anggayuh kamulyan, nanging boten saged lastantun andarbèki kamulyanipun wau ing saterusipun. Ruku’ ingkang kaping kalih anggelar piwulang ingkang gumathok boten éwah gingsir, inggih punika: sadaya pandamel mesthi wonten wohipun, angger-angger ingkang tumindak ing sajagad, angger-angger sabab lan musabab (cause and effect), ingkang manawi dipun mangertosi kaliyan saleres-leresipun saged mahanani manusa saged anggayuh kamulyan sajati, ingkang timbang kaliyan kamanusanipun. Kalih ruku’ candhakipun ngemot piwulang budipakerti ingkang kedah dipun lampahi déning para Muslimin. Suprandéné, piwulang budipakerti ingkang adiluhung wau sadaya, boten wonten malih kajawi namung mewahi wangkotipun para titiyang kafir, kados déné ingkang kacetha wonten ing ruku’ ingkang kaping gangsal, awit saking punika mila ruku’ sambetipun lajeng marsitakaken pidananipun para titiyang wau, sarwi dhawuh dhateng para angèstu supados sami alus sikepipun dalasan kaliyan para mengsah-mengsahipun pisan. Ruku’ ingkang kaping pitu amarsitakaken angger-angger ingkang tumindak ing jagad, inggih punika para tukang damel wisuna mesthi sami mengsahi tiyang tulus, déné ruku’ ingkang kaping wolu mangandikakaken kalayan mligi panglawan ingkang katujokaken dhateng Kanjeng Nabi. Nanging ruku’ candhakipun lajeng anerangaken bilih panglawan wau mesthi tumunten wuk atanpa gina, jalaran panggorohan mesthi sirna déning yakti: Wonten ing ngriki rawuhipun Kanjeng Nabi punika kawarna kadi déné rawuhipun yakti, utawi manawi miturut anggènipun nyebutaken Yukhanan Rohing Kayektèn. Ruku’ ingkang kaping sadasa amarsitakaken bilih Quran piyambak punika mukjizat ingkang ageng, éwadéné para mengsah ngupados tandha yekti sanès-sanèsipun. Santolanipun ingkang sapélé anggènipun sami angemohi Quran, kasebutaken wonten ing ruku’ ingkang kaping sawelas, sarta anyebutaken pidana ingkang katumrapaken dhateng piyambakipun punika sampun nama adil. Ruku’ ingkang kantun piyambak wigatos dhawuh anggatosaken pèpèngetipun Kanjeng Nabi Musa dhateng Fir’aun, Ratu binathara ing tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan anyebutaken lepatipun pangandel “Allah puputra,” ingkang badhé kawarsitakaken kalayan panjang wonten ing kalih surat sambetipun.

Titimangsanipun nalika kadhawuhaken

Sagemblengipun surat punika anggènipun kadhawuhaken wonten ing Makkah. Ayat-ayat ingkang mangandikakaken pangrencananipun para titiyang Quraisy badhé anundhung Kanjeng Nabi (73-76), punika déning sawenèh sarjana kaanggep tumurun wonten ing Madinah. Nanging panganggep punika anèh-nylenèh, awit suraosing pangandika sampun anélakaken manawi pangadika wau anggènipun kadhawuhaken wonten ing Makkah. Pangandika ingkang nyebutaken mi’rajipun Kanjeng Nabi, punika tumurunipun kéning katamtokaken watawis setaun utawi kalih taun ing sadèrèngipun Hijrah, déné pérangan sanès-sanèsipun saged ugi malah langkung sepuh malih. Péranganing surat ingkang enggel, katawis manawi èwonipun dhawuh ingkang sepuh-sepuh, langkung sepuh katimbang surat pitu sagolongan ingkang ngrumiyini surat punika. Kapendhet umumipun kados kathah leresipun manawi surat punika kagolongaken dhawuh ingkang sepuh-sepuh ing jaman Makkah wekasan.

__________

Page 5: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 17 Pidana tumrap trah Israil 759

RUKU’ 1

Pidana tumrap trah Israil

1. Kamenanganipun Kanjeng Nabi winecakaken. 2-7. Para turun Israil dipun pidana kaping kalih. 8-10. Wilasa kaparingaken wonten ing Quran.

Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, Ingkang-Mahaasih.

1 Mahasuci Panjenengané, kang wus anglakokaké kawula-Né ing wayah bengi saka ing Masjid Suci marang masjid kang adoh, kang ing sakubengé wus Ingsun barkahi, supaya Ingsun ameruhna dhèwèké ing sawenèhing tandha-tandha-Ningsun; sayekti Panjenengané iku Ingkang-Miyarsa, Ingkang-Nguda-nèni.1410

2 Lan Ingsun wus amaringiKitab Musa sarta iku Ingsun da-dèkaké tuntunan tumrap para turun Israil, pangandika(-Ningsun):a Aja padha angalap pangayoman saliyané Ingsun;1411

3 Tedhaking wong kang Ingsun-emot barengané Nuh; sayekti, dhèwèké iku sawijining kawula kang weruh ing panarima.

1410. Lalampahan punika limrahipun kaanggep lalampahan mi’rajipun Kanjeng Nabi. Mirsanana 1441, ing ngriku katerangaken kawontenanipun mi’raj ingkang sajatos. Manawi kasuraos ingkang kasebutaken ing ngriki punika bab mi’rajipun Kanjeng Nabi, suraos ingkang kawengku wonten ing ngriku anyasmitakaken kamenangan ing pakaryanipun Kanjeng Nabi ing wekdal ingkang badhé dhateng. Nanging pangandika punika ugi saged kasuraos wigatos anyasmitakaken Hijrahipun Kanjeng Nabi ingkang badhé kalampahan dhateng Madinah. Nalika Kanjeng Nabi linggar saking Makkah, punika ing wanci dalu (Ibnu Hisyam). Manawi nganggé panyuraos punika masjid kang adoh punika ateges masjid Nabi ingkang badhé dipun adegaken wonten ing Madinah, utawi Madinah piyambak, manawi Masjid kang Suci kasuraos Makkah. Utawi ateges Yérusalém, suraosipun: Kanjeng Nabi badhé maris sadaya barkahipun para andika nabi Bani Israil, kalebet ugi Tanah Suci.

1411. Rodwell nerangaken manawi ayat punika boten wonten sasambetanipun kaliyan ayat ingkang sampun, nanging panginten makaten wau lepat. Menggah ing sajatos-jatosipun ayat ingkang sapisan punika wigatos amecakaken kaluhuranipun Islam lan kaum Muslimin ing wekdal ingkang badhé dhateng, déné ayat ingkang kaping kalih (ayat punika), wigatos paring pèpènget dhateng para Muslimin poncabayanipun kaluhuran, sarwi anyebutaken tuladha satunggaling umat ingkang sampun, ingkang sampun naté kasengkakaken ing ngaluhur.

a. 1356

Page 6: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Trah Israil Juz XV 760

4 Lan Ingsun wus andhawah-aké putusan marang turuning Israil ing sajroning Kitab: Sayekti temen sira bakal agawé wisuna ing bumi rong rambahan1412 lan sayekti temen sira bakal kumalangkung adigung.

5 Lah bareng janji loro iku kang sapisan (titimangsané) wis tumeka, Ingsun (banjur) angutus para kawula-Ningsun kang kawa-nèné anggigirisi, anyerang sira, banjur angubres kukubané padunu-ngan(-ira), lan iki janji kang masthi kudu kalakon.

6 Tumuli gentèn Ingsun aparing gilir marang sira anglindhihaké dhèwèké sarta Ingsun amitulungi sira kalawan bandha lan anak akèh apa déné sira Ingsun dadèkaké papanthan kang luwih gedhé.1413

7 Lamun sira agawé becik, iku agawé becik marang jiwanira dhé-wé, lan lamun sira agawé ala, lah iya amitunani marang (jiwanira) iku. Lah nalika (titimangsané) tekané janji kang kaping pindho wus tumeka, (Ingsun angutus wong-wong liya) supaya padha agawé susahira lan supaya padha anglebonana masjid, kaya anggoné

1412. Kacundhukna kaliyan 5: 78: “Para turun Israil kang padha kafir dilaknati atas sabdané Dawud lan ‘Isa anaké Maryam.” Yérusalém dipun risak ngantos kalih rambahan minangka pidana murangyektinipun para titiyang Yahudi. Ingkang sapisan déning titiyang Babilon, ingkang kaping kalih déning titiyang Rum. Mirsanana pèpèngetipun Kanjeng Nabi ‘Isa wonten ing Mat 23: 38: “Élinga, omahmu kasarahaké marang kowé, temahan dadi suwung,” saha wonten ing Lukas 21: 24: “Sarta ing Yérusalém bakal kaicak-icak déning para umat” tuwin sanès-sanèsipun saminipun punika. Ing Zabur inggih kebak pèpènget-pèpènget.

1413. Ayat 5 wigatos amarsitakaken risakipun padaleman suci ing Yérusalém sarta anggènipun para tiyang Yahudi sami dipun pejahi, dipun kunjara tuwin dipun kéndhangaken déning titiyang Babilon nalika taun 588 sadèrèngipun miyos Kanjeng Nabi ‘Isa, déné ayat 6 amarsitakaken wangsulipun titiyang Yahudi saking pambucalan saha pambangunipun malih padaleman suci ingkang

Ut. aparing weruh

Ar. angu-lemaké rainira

Page 7: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 17 Sadhéngah pandamel wonten wohipun 761

angleboni sing kaping sapisané, lan supaya padha anglebur kame-nangan kang wis pinakolih kala-wan lebur temenan.1414

8 Manawa-manawa Pangéranira angrentahaké wilasa marang sira, lan manawa sira bali (ambang-kang) manèh, Ingsun iya bakal bali (aparing pidana) manèh,1415 lan Ingsun wus andadèkaké naraka mi-nangka pakunjaraning para kafir.

9 Sayekti Quran iki anuntun marang kang banget bener sarta awèh warta bubungah marang para angèstu kang padha anglakoni panggawé becik, yèn bakal padha olèh pituwas kang gedhé,

10 Wondéné para kang padha ora angèstu marang akhirat, Ingsun wus anyadhiyakaké siksa kang nglarani tumrap marang dhèwèké.

RUKU’ 2

Sadhéngah pandamel wonten wohipun

11, 12. Tiyang punika gagancangan dhateng awon. 13-15. Sasanggènipun awon punika boten kénging dipun lintiraken. 16, 17. Bangsa badhé linebur manawi murang krama. 18-22. Sadéngah tiyang punika angsal-angsalanipun inggih punapa ingkang dipun angkah.

dipun pandhegani déning Zérubbabél, tuwin makmuripun para titiyang Yahudi ing jaman pawingkingipun malih. Lah inggih punika lalampahan walik-grembyang ingkang kapangandikakaken ing ayat punika.

1414. Ayat punika nerangaken risakipun ingkang kaping kalih padaleman suci déning titiyang Rum ingkang dipun pandhegani déning Titus. Sadaya wau ingkang nindakaken fihak mengsah, inggih mengsah saking fihak punapa kémawon, sarta boten pisan-pisan mengku teges bilih mengsah ingkang sampun naté ngrisak padaleman suci tumindak makaten malih ingkang kaping kalih.

1415. Punika magepokan kaliyan rawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad ingkang tumrap para titiyang Israil ateges kaparingan kalonggaran malih ambangun awakipun, nanging para titiyang wau sami kapangandikanan manawi sami wangsul dhateng karisakan, piyambakipun sami badhé dipun dhawahi pidana malih. Nalika Kanjeng Nabi rawuh ing Madinah, ing sakawit titiyang Yahudi sami asikep rukun. Nanging saya dangu para titiyang wau saya asikep mengsahi, ngantos sami sekuton kaliyan mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi punapa, sarta damel paékan badhé anyédani panjenenganipun. Angsal-angsalanipun, para titiyang wau sami angsal pidana kados déné ingkang kasandhang ing sadèrèngipun.

Page 8: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Trah Israil Juz XV 762

11 Manusa iku nyunyuwun ala kaya beneré kudu anyunyuwun becik, lan manusa iku pancèn gawéné anggégé.

12 Lan Ingsun wus andadèkaké wengi lan raina dadi tandha loro, tumuli Ingsun anyirnakaké tandha wengi1416 lan andadèkaké tandha raina dadi padhang, supaya sira padha angupaya lubèring papa-ringé Pangéranira lan supaya sira padha nyumurupana wilanganing taun sarta pétungan, lan samuba-rang iku wus Ingsun gawé terang awijang.

13 Lan Ingsun angalungaké panggawéné siji-sijining manusa ana ing guluné1417 lan ing dina kiyamat Ingsun wetokaké marang dhèwèké (awujud) kitab, kang ginelar ngeblak;

14 Wacanen kitabira, ing dina iki wis cukup jiwanira minangka juru pétung ingatasé sira.1417A

1416. Dalu punika minangka sanépanipun pepetenging kabodhoan lan kakafiran (mirsanana 344), déné icalipun dalu punika ateges kabodhoan badhé sirna sarta papadhanging Islam badhé dados lilintunipun.

1417. Thâir (wantahipun peksi) punika tegesipun tindakipun manusa. Inggih tindakipun manusa punika ingkang dipun kalungaken wonten ing guluning manusa (S. Msb, Q-LL). Kados pundi mila bukanipun déné tembung wau mengku teges makaten wau, saged dipun tingali saking gugontuhonipun bangsa Arab. Sampun kacara wonten ing kalanganipun bangsa Arab, awon lan saé punika dipun pethèk sarana peksi-peksi, inggih punika dipun tingali peksi wau mabur saking kajengipun piyambak punapa margi dipun gusah, maburipun manengen punapa mangiwa, utawi punapa terus kémawon minggah. Awawaton punika pandamel ingkang badhé dipun tindakaken kaanggep prayogi utawi boten prayogi. Inggih awit saking punika mila tembung wau lajeng ateges pandamel awon lan pandamel saé (Rz). Menggah ing sajatos-jatosipun teges wau sampun katerangaken déning péranganipun ingkang wekasan ayat punika sarta déning ayat candhakipun. Ayat punika amahyakaken piwulang ingkang mangka waton, bilih saben pandamel punika mesthi wonten tabetipun ingkang kelèt kaliyan manusa, sarta inggih tabeting pandamel punika ingkang bénjing dinten kiyamat badhé dados kitab ingkang ginelar. Dados anggènipun atilar tabet punika ingkang nama saben tindaking manusa kacathet, lan inggih tabet punika kitab cathetaning pandamelipun manusa. Dikalungaké ana ing gulu punika mengku teges kanthil boten kénging dipun pisah (Rz), dados punika ateges anjumenengaken angger-anggering sabab lan musabab, law of cause and effect, angger-angger saben tindak mesti wonten wohipun.

1417A. Kapèngetana, miturut ayat punika pangétangipun pandamelipun manusa bénjing ing dinten

Page 9: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 17 Sadhéngah pandamel wonten wohipun 763

15 Sapa sing ngambah dalan kang bener, pangambahé iku makolèhi mung marang jiwané dhéwé, lan sapa sing atindak sasar, tindaké sasar iku mitunani iya mung marang (jiwané dhéwé) iku, lan sapa sing nyangga, iku ora bakal nyangga sasangganing li-yan,1418 lan ora bakal Ingsun aparing siksa kajaba yèn Ingsun wus anjumenengaké utusan.1419

16 Lan samangsa Ingsun arsa anglebur sawijining nagara, Ingsun andhawuhaké1420 paréntah Ingsun marang wongé kang uripé among-suka-pari-suka, ananging dhèwèké padha murang yakti; mulané kayektèn sabda iku tumiba marang kono, tumuli (nagara) iku Ingsun lebur kalawan lebur tumpur.

kiyamat punika katindakaken déning manusa piyambak. Pratélan punika suka papadhang pétangan, wazn lan mîzân (7: 8; 55: 7) punika punapa; inggih punika anedahaken bilih sadaya wau boten sanès inggih gumelaripun ingkang kalayan sampurna tabeting pandamel ingkang katindakaken nalika ing gesang sapunika.

1418. Ayat punika ambrastha piwulang bab panebusing dosa. Sasanggèning dosa satunggaling tiyang boten saged yèn ta kasangkul ing tiyang sanès, awit kados déné ingkang sampun kapratélakaken ing ngajeng, tabeting pandamelipun saben tiyang punika dipun kanthilaken piyambakipun. Ingkang makaten wau laras sanget kaliyan angger-anggering kodrat. Ayat punika ugi boten cengkah kaliyan pangandika ing 29: 13: “Lan sayekti dhèwèké temen bakal nyangga momotané dhéwé sarta momotan liya kanthiné momotané,” awit ingkang kapangandikakaken ing 29: 13 wau para titiyang ingkang nasaraken tiyang sanès, sampun samesthinipun manawi sami nyangga sasanggènipun piyambak lan sasanggèn anggènipun sampun nasaraken ing ngasanès; déné titiyang sanès wau mesthi inggih tanggel jawab ing kalepatanipun piyambak. Punapa tegesipun kang anyangga sasanggan kula aturi mirsani 951.

1419. Siksa ingkang dipun pangandikakaken punika siksa ingkang kadhawahaken minangka pidananing nerak angger-angger ingkang sampun kaparingaken; nanging ing sasampunipun angger- angger wau tumindak. Milanipun ing ngriki kasebutaken bilih tiyang punika anggènipun kasiksa samangsa sampun kadumugèn piwulangipun yakti lumantar satunggaling nabi.

1420. Pangandika punika asring dipun suraos kalayan boten leres. Allah boten teka andhawuhaken titiyang sami murang-yakti, awit sampun kasebutaken kanthi terang wonten ing 7: 28 “Allah ora maréntahaké panggawé nistha,” sarta malih ing 16: 90 “Panjenengané anyegah ing laku nistha lan tindak dudu sarta pambaléla.” Déné suraosipun ayat punika sampun terang, inggih punika: Allah paring dhawuh dhateng para titiyang wau supados sami nindakaken pandamel saé, inggih punika nuntun piyambakipun dhateng margi ingkang leres lumantar nabi-nabi-Nipun: nanging rèhning para titiyang wau sampun kelajeng sami remen gesang amongsuka-pari-suka, milanipun lajeng sami andaga ing dhawuh, sarta inggih awit saking punika para titiyang wau sami angsal pidana.

Ar. nganti

Page 10: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Trah Israil Juz XV 764

17 Lan wis pira baé bangsa sapungkuré Nuh kang wis Ingsun lebur! Lan Pangéranira iku wis cukup Waspada, Anguningani ma-rang kaluputaning para kawula-Né.

18 Sapa sing kapéngin kauripan donya iki, iku ing kono Ingsun anggelisaké apa sakapareng-Ingsun tumrap sapa-sapa kang Ingsun karsakaké, tumuli naraka Ingsun dadèkaké bagéané: dhèwèké bakal malebu mrono, diinakaké, dise-brataké.

19 Lan sapa sing kapéngin akhirat sarta angarah iku kaya kuduning pangarahé sarta dhèwèké iku wong angèstu, lah iki, panga-rahé bakal pinaringan pituwas.

20 Kabèh padha Ingsun pitu-lungi – iya sing siji lan iya sing sijiné – miyos saka lubèring Pangéranira, sarta lubèring Pangé-ranira iku ora winates.

21 Delengen, kapriyé anggon-Ingsun angluwihaké kang sawiji angungkuli kang sawijiné, lan temen akhirat iku luwih gedhé ing dalem papangkatan sarta luwih gedhé ing dalem kaluwihan.

22 Lan aja sira angadegaké sesembahan liya anyartani Allah, mundhak sira andhéprok cinacad, linirwakaké.

RUKU’ 3

Piwulang Budipakerti

23-25. Pangrengkuh saé dhateng bapa biyung. 26-30. Ambek saé dhateng tiyang kacingkrangan.

Ut. tinarima

Page 11: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 17 Piwulang budipakerti 765

23 Lan Pangéranira wus andha-wuhaké, supaya sira aja padha ngawula (sapa-sapaa) kajaba ing Panjenengané, sarta dibecik ma-rang wong tuwanira loro.1421

Manawa salah sawijiné utawa sakaroné nyandhak umur tuwa, ana ing sira, lah aja sira angucap marang sakaroné (kayata) “Hus”, sarta aja padha sira uring-uring, tuwin angucapa tembung kang mulya marang sakaroné.

24 Lan di andhap asor marang sakaroné kalawan wilasa, sarta angucapa: Pangéran kawula! mugi Tuwan aparing wilasa dhateng sakalihipun, kados anggènipun angopèni kawula (kala kawula taksih) alit.

25 Pangéranira iku luwih udani marang apa kang ana ing sajroning ati-atinira; manawa sira iku padha becik, lah sayekti Panjenengané iku Aparamartaa marang para kang tansah mratobat (marang Panjene-ngané).

26 Lan wèwèha marang sanak apa beneré, mangkono uga (ma-rang) para miskin tuwin wong lalaku, sarta aja sira angecèh-ecèh kalawan pangebrèh.

27 Sayekti para ngebrèh iku sadulur-saduluring sétan, sarta

1421. Bekti dhateng tiyang sepuh kakalih punika dhawah angka kalih ing sasampunipun bekti ing Allah, jalaran sami-sami manusa ingkang ageng piyambak wewenangipun dhateng satunggaling tiyang punika namung tiyang sepuhipun kakalih. Langkung-langkung malih, ambangun turut dhateng tiyang sepuh kakalih punika wiji ingkang anukulaken pambangun turut dhateng panguwaosing praja ingkang apsah, inggih punika satunggaling kawajiban ingkang wigatos. Makaten wau samangsa laré-laré sami dipun mangertosaken dhateng piwulang punika. Inggih awit saking punika mila ambangun turut dhateng tiyang sepuh kakalih punika wonten ing dalem tatanan budipakerti Islam kagolongaken prakawis ingkang wigatos.

a. 2194

ar. lan

Page 12: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Trah Israil Juz XV 766

sétan-sétan iku marang Pangérané ora weruh ing panarima.1422

28 Lan manawa (panjaluké) padha sira tulak karana (sira lagi) ngupaya wilasa saka Pangéranira kang sira ajap-ajap, lah padha sira calathonana tembung kang ma-nis.1423

29 Lan aja sira ambanda tangan-ira ing gulunira sarta aja sira ngu-luraké nganti wudhar, mundhak sira (satemah) andhéprok cinacad, nalangsa,1424

30 Sayekti Pangéranira iku ang-luberaké rijeki marang sapa kang dadi kaparenging karsa-Né, sarta Panjenengané amaringi miturut taker; sayekti Panjenengané iku marang para kawula-Né Waspada, Angudanéni.

RUKU’ 4

Piwulang Budipakerti

31-33. Amejahi anak, lampah sèdhèng tuwin mejahi tiyang dipun awisi. 34. Rumeksa laré yatim sarta anetepi janji dipun dhawuhaken. 35. Kedah tansah ngangkah temen ing sabarang lampah. 36-38. Alus ing budi tuwin andhap asor dipun dhawuhaken. 39, 40. Manembah pangéran kathah dipun lepataken.

1422. punika tegesipun saduluré, mitrané, lan pandhèrèké sétan, suraosipun para atindak awon. Sareng-sareng kaliyan andhawuhaken dadana, Quran ugi andhawuhaken ngirid- irid, dados ateges andhawuhaken nganggé margi ingkang tengah-tengah.

1423. Ngajap-ajap wilasa saking Pangéran punika tegesipun ambetahaken nugrahanipun Pangéran, terangipun malih: boten gadhah punapa-punapa ingkang badhé dipun sukakaken dhateng tiyang miskin. Manawi kados makaten kawontenanipun, ginemipun kémawon ingkang alus, sampun ngantos nyenthok-nyenthok lan mungel kasar, temahan nadyan boten saged ngènthèngaken rekaosipun tiyang miskin, saboten-botenipun patrapipun dhateng tiyang miskin wau alus boten kasar. Satunggaling hadits pangandika Nabi ngandikakaken bilih ngucapaken satembung kémawon tetembungan manuhara dhateng sasamining tiyang, punika kalebet èwonipun pandamel dadana.

1424. Ambanda tangan ing gulu punika mengku teges kumed anggénipun nanjakaken bandanipun, déné ngulur tangan ngantos wudhar punika: brah-bréh ngantos nelas-nelasaken gadhahanipun. Ayat punika wigatos paring tatanan ingkang umum cara ingkang pundi ingkang kedah dipun anggé samangsa nanjakaken bandhanipun, sarta punika ateges andhawuhaken supados tiyang punika ngirid-irid.

Ut. nyumpi

Page 13: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 17 Piwulang budipakerti 767

31 Lan aja sira padha matèni anak-anakira karana kuwatir ka-mlaratan; Ingsun aparing rijeki marang dhèwèké sarta marang sira (uga); sayekti, matèni dhèwèké iku kaluputan kang gedhé.1425

32 Lan aja sira padha cedhak-cedhak laku bandrèk, sayekti, iku tindak jember sarta dadalan ala.1426

33 Lan aja sira padha matèni wong, kang Allah anglarangi (yèn dipatènana), kajaba kalawan bener; lan sapa sing dipatèni kalawan panganiaya, lah sayekti Ingsun aparing wewenang marang ahli warisé; ananging aja dhèwèké amlangkah garising bebener ing dalem anggoné matèni; sayekti dhèwèké iku tinulungan.1427

34 Lan aja sira padha cedhak-cedhak bandhaning bocah yatim, kajaba kalawan tuju kang banget becik, nganti dhèwèké tumeka diwasané, sarta di padha tuhu ing janji; sayekti (sadhéngah) janji iku bakal tinakokaké.

1425. Ing antawisipun bangsa Arab wonten tata-cara mejahi anakipun èstri, awit tiyang èstri makaten boten saged tumut nindakaken paprangan kanggé ngupajiwa, kadosta anjarah rayah (Rz). Nagari-nagari Nasrani ingkang sampun majeng ing jaman samangké langkung ambetahaken piwulang punika katimbang lan bangsa Arab nalika jaman kabodhoan, awit saya dangu saya katingal ngaléla ing antawisipun bangsa wau remen matesi kathahing anakipun utawi malah ngantos nyures babar pisan turunipun, sanajan inggih saged ugi anggènipun nindakaken sadaya wau mawi lampah sanès, boten sarana anekak utawi mendhem laré gesang-gesangan. Sudaning cacahipun kelahiran wonten kalanganipun bangsa ingkang sampun majeng wau dados bukti ingkang cetha ing wontenipun tata-cara punika.

1426. Lah, punika piawon sanèsipun malih ingkang ngrebda sareng-sareng kaliyan tumuwuhing kamajengan jaman samangké. Quran boten namung ngawisi zina kémawon, nanging maréntahaken manusa sampun ngantos celak-celak kaliyan lampah zina, kadosta nebihi samukawis ingkang sakinten saged anggèndèng ing tiyang dhumawah dhateng piawon wau.

1427. Ayat punika boten cecengkahan kaliyan punapa ingkang sampun kapangandikakaken wonten ing 2: 178. Ukara ingkang mungel: dhèwèké tinulungan punika ambokmanawi kémawon mengku teges: pamaréntah wajib mitulungi piyambakipun sarana andadosaken tiyang ingkang dosa pejah karegem wonten ing panguwaosipun undhang-undhang, ahli waris boten nandukaken wawales sapurun-purun saking moganipun piyambak.

Page 14: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Trah Israil Juz XV 768

35 Lan padha dikebak ing taker samangsané sira naker, sarta nrajua kalawan traju kang jejeg bener; mangkono iku luwih becik lan luwih utama wusanané.

36 Lan aja sira anut sabarang kang sira ora weruh;1428 sayekti, pangrungu lan pandeleng sarta ati, iku kabèh bakal dinangu tumrap prakara iku.

37 Lan aja sira lumaku ing bumi kalawan gumendhung, sayekti sira iku ora bisa ambelah bumi sarta ora bisa mapaki gunung mungguh ing dhuwuré.

38 Kabèh iku – alané – mungguh ing Pangéranira, sinengitan.

39 Iki èwoné barang kang kawe-dharaké Pangéranira marang sira kang arupa kawicaksanan, lan aja sira angedegaké sesembahan liya sisihaning Allah, mundhak sira ci-nemplungaké ing naraka, cinacad, sinebrataké.

40 Lah, apa ta Pangéranira ami-lihaké sira anak lanang-lanang sarta (Panjenengané piyambak) mundhut putra wadon-wadon sa-wenèhing para malaikat! Sayekti, sira iku temen padha angucapaké pangucap kang anggigirisi.

1428. Saupami dhawuh punika dipun tetepi punapa mesthinipun, yakti sawarnining pawartos babaratan lan raosan-raosan ingkang pating saruwing sumiyar wonten ing tengah-tengahing babrayan sirna sami sanalika, temahan kathah tiyang inggih jaler inggih èstri ingkang satemenipun boten lepat uwal saking rekaosing manah margi saking sumebaripun pawartos awon ingkang boten wonten watonipun. Ayat punika ugi ngawisi rembagan ingkang tanpa seserepan ingkang cetha, utawi nglahiraken pamanggih ingkang dèrèng kantenan leres-lepatipun. Saèstu, rahayu lan katentreman ingkang badhé pinanggih wonten ing tengah-tengahing babrayan, tur tebih saking sawarnining sasatron lan gegethingan, samangsa dhawuh punika dipun tetepi temenan.

Page 15: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 17 Para kafir saya andadra 769

RUKU’ 5

Para kafir saya andadra

41-47. Para kafir saya andadra anggènipun angemohi. 48-52. Sami maiben dhateng gesang ing delahan.

41 Sayekti temen Ingsun wus angambal-ambali (pépéling) ing sajroning Quran iki, supaya dhè-wèké padha élinga, ananging ora liya kajaba malah padha wuwuh ang pamaléngos.1429

42 Calathua: Manawa ana sesem-bahan-sesembahan sisihané Panje-nengané kaya pangucapé dhèwèké, amasthi dhèwèké bakal padha bisa ngupaya dadalan marang Kang-Kagungan-kraton.a1430

43 Mahasuci Panjenengané sarta Mahaluhur, dhuwur nyamut-nyamut saka apa kang padha diucapaké.

44 Langit pipitua sarta bumi tuwin sapa kang ana ing kono padha mahasucèkaké ing Panjene-ngané: lan ora ana barang siji-sijia kang ora mahasucèkaké kalawan

1429. Sampun cetha karsaning Pangéran angambal-ambali bukti-bukti lan tandha-tandha yakti wonten ing Quran punika supados para titiyang wau sami purun mikir-mikir. Nanging saya kathah pèpènget ingkang dipun paringaken dhateng piyambakipun jebul inggih saya sanget anggènipun sami angemohi, dadosipun saben wonten dhawuh Quran ingkang énggal tumurun, boten dados pèpènget tumrap para titiyang wau, nanging malah dados jalaraning para titiyang wau saya angemohi. Inggih awit saking punika mila katembungaken: dhawuh wau mewahi anggènipun sami angemohi. Dados menggah ing sajatos-jatosipun dhawuh énggal wau sanès sabab ingkang baku tumrap emohipun para titiyang wau, nanging namung murugaken para titiyang wau angsal wewahan barang ingkang dipun emohi. Punika ugi dados pasaksèn bilih katrangan ing 24 leres.

1430. Terangipun: yekti para titiyang wau saged menang kaliyan para Muslimin margi dipun biyantu déning sesembahan-sesembahanipun, awit para titiyang wau sami anggadhahi panganggep bilih sesembahan-sesembahanipun wau dados pantawis antawising piyambakipun kaliyan Allah; wangsul para Muslimin, margi sami angemohi brahala-brahala, dadosipun sami boten keparek ing Allah, milanipun tangèh lamun angsal pitulung saking Panjenenganipun anggèning badhé ngawonaken mengsah-mengsahipun. Utawi saged ugi ingkang dipun karsakaken ing pangandika punika piguna ruhani ingkang pinakolih ing manusa déning keparek ing Pangéran, inggih Tuking Kasucian. Saupami kapara nyata brahala-brahala punika murugaken para titiyang wau keparek ing Pangéran, yekti sampun rumiyin-rumiyin para manembah brahala wau sami tebih saking sawarnining jejember.

a. 895

a. 46

Page 16: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Trah Israil Juz XV 770

pangalembana-Né, ananging sira padha ora mangerti anggoné padha mahasucèkaké; sayekti Panjene-ngané iku Aris, Paramarta.1430A

45 Lan samangsa sira maca Quran, Ingsun andokokaké aling-aling kang sinamar1431 ing anta-ranira lan para kang padha ora angèstu ing akhirat;

46 Lan Ingsun andokokaké tutup ing ati-atiné sarta tindhih ing kuping-kupingé, supaya dhèwèké padha ora mangerti (marang) iku, lan samangsa sira nyebut Pangé-ranira pribadi ing dalem Quran, padha angungkuraké gegeré saking pamalèngosé.1432

47 Ingsun luwih wikan marang apa kang padha dirungokaké nali-

1430A. Ing ngriki kasebutaken bilih sagung bawana sami mahasucèkaken ing Allah. Tasbîh punika sami kaliyan tanzîh, jawinipun angundhangaken bilih Pangéran punika suci saking sawarnining cacad lan suci saking sawarnining ingkang nama baten suci, utawi saking sawarnining barang ingkang nyuda kaluhuran-Ipun (LL). Sampun tamtu kémawon ngundhangaken makaten wau boten kedah sarana lésan lan sarana tetembungan. Menggah ing sajatos-jatosipun gumantungipun sagung titah dhateng Ingkang-Nitahaken sarta boten sampurnanipun sagung titah wau, punika sampun dumunung mahasucèkaken lan mahaluhuraken dhateng Ingkang-Nitahaken.

1431. Aling-aling ingkang sinamar punika boten sanès inggih aling-aling ingkang dipun damel piyambak margi saking anggènipun sami angemohi, kados déné ingkang kapratélakaken kalayan cetha wonten ing ayat 41. Miturut ayat wau, Gusti Allah anurunaken Quran punika supados dados pèpènget tumrap para titiyang wau, nanging margi saking anggènipun sami angemohi, dadosipun ing antawisipun Quran lan piyambakipun lajeng wonten aling-alingipun.

1432. Saweg suraos ing pangandika kémawon sampun cekap kanggé nyingkiraken paham ingkang boten leres, ingkang amastani bilih ayat-ayat saminipun ayat punika mengku teges bilih tiyang ingkang sami angemohi Quran punika pancèn sampun tinamtu (pineksa) déning Pangéran Piyambak boten kénging boten kedah kados makaten. Leres, sampun boten wonten semang-semangipun malih kasebutaken bilih ingkang masang tutup wonten ing manah saha sumpel wonten ing kupingipun para kafir punika Allah, awit ingkang nyababaken sadaya barang punika manawi dipun tlusur andhokipun tamtu inggih dhateng Panjenenganipun. Nanging kados pundi dumadosipun tutup lan sumpel wau, wonten ing wekasanipun ayat punika ugi kasebutaken kalayan terang. Inggih punika: margi para titiyang wau mirengaken kémawon sami boten purun manawi wonten tiyang nyebut asmanipun Allah, sarta sami malèngos saking sabda-Nipun, mila ing wasananipun lajeng kasumpelan kupingipun lan katutupan manahipun. Allah ingkang masang sadaya wau, nanging anggèning Panjenenganipun masang wau margi saking kawontenaning manah saha kupingipun para tiyang wau piyambak. Bab punika langkung terang malih kasebutaken wonten ing 7: 179 makaten: “Dhèwèké padha duwé ati, iku ora dianggo mangertèni; lan padha duwé mripat, iku ora padha dianggo andeleng; lan padha duwé kuping, iku ora dianggo angrungokaké.”

Ar. lan antarané

Page 17: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 17 Para kafir saya andadra 771

kané dhèwèké padha ngrungokaké marang sira, lan nalikané padha wawan gunem dhedhemitan, tat-kala para atindak dudu padha calathu: Kowé iku ora liya kajaba mung manut marang wong lanang kang tanpa nalar.

48 Delengan, kapriyé anggoné padha ngupamakaké sira! Mulané dhèwèké padha sasar, satemah padha ora olèh dalan.

49 Lan dhèwèké padha calathu: Lah! apa manawa aku wis padha dadi balung sarta ajur abosok, apa iya bakal ditangèkaké temenan dadi titah anyar?

50 Calathua: dadia watu utawa wesi,

51 Utawa sawijining titah kang tumrapé ing angen-angenirabanget (bisané dadi urip)!1433

Ananging dhèwèké bakal padha calathu: Sapa sing bakal amba-lèkaké aku? Calathua: Kang-Nitah-aké sira sakawit biyèn. Éwadéné bakal padha anggèdhègaké sirahé marang sira sarta padha calathu: Bésuk kapan iku? Calathua: Bok-manawa iku wis cepak.1434

1433. Bangsa Arab sami maiben ing wontenipun gesang sasampuning pejah déné ingkang minangka buktinipun: piyambakipun sami badhé sirna tanpa tilas, tangèh lamun yèn ta badhé dipun gesangaken malih. Para titiyang wau lajeng dipun paringi wangsulan bilih gesang sasampuning pejah mesthi badhé kalampahan, sanajan piyambakipun saged malih dados séla. Gesang ruhani ingkang sami dipun alami margi saking lalabetanipun Kanjeng Nabi, sanajan ta piyambakipun punika sami wangkot, saking wangkotipun ngantos “mèh kaya watu, utawa luwih atos manèh” (2: 74), punika dados bukti ingkang cetha wéla-wéla bilih pratélan ing ayat punika mesthi badhé kalampahan saèstu.

1434. Gèdhèg punika sasmita boten ngandel dhateng satunggaling barang. Dhawuh wangsulan ingkang mungel: Bokmanawa iku wis cepak punika ingkang dipun karsakaken gesang ruhani ingkang badhé dipun alami tanah Arab, ingkang sapunika saweg salebetipun dipun gesangaken malih lantaran Kanjeng Nabi, minangka pasaksèn ing wontenipun kiyamat ageng bénjing ing jaman akhir. Ayat candhakipun anerangaken langkung gamblang malih bab punika: tumuli sira bakal padha nyandikani kalawan pangalembana ing Panjenengané. Sadasa taun ing sasampunipun punika saindhenging tanah Arab gumer kumandhanging suwantenipun tiyang mumuji ing Pangéran.

Ut. kena ing kemayan

Ar. dhadha-nira

Page 18: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Trah Israil Juz XV 772

52 Ing dinané Panjenengané animbali sira, tumuli sira bakal padha nyandikani kalawan panga-lembana ing Panjenengané, sarta sira bakal padha nyana, manawa pamanggonira mung sadhéla.

RUKU’ 6

Mesthi atemahan dipun siksa

53, 54. Para angèstu kedah manis dhateng para ingkang milawani. 55-60. Pidana dhateng murang yekti punika angger-anggering Pangéran.

53 Lan calathua marang para kawula-Ningsun, supaya padha calathua kang becik; sayekti sétan iku nyebar cocongkrahan ing anta-rané dhèwèké; sayekti sétan iku tumrapé marang manusa mungsuh kang cetha.1435

54 Pangéranira iku luwih udani marang sira; manawa dadi karsa-Né, Panjenengané aparing wilasa marang sira, utawa manawa dadi karsané Panjenengané aparing siksa ing sira; lan anggon-Ingsun angutus sira iku ora supaya sira dadi juru-ngreksa marang dhè-wèké.1436

1435. Ing dhawuh punika para Muslimin kadhawuhan ingkang alus samangsa wicantenan kaliyan para tiyang kafir. Dipun cariyosaken nalika para Muslimin sami wadul dhateng Kanjeng Nabi manawi sami dipun ungeli awon déning para menembah brahala, para Muslimin sami dipun dhawuhi ingkang alus lan dipun awisi males mungel awon (JB). Luhuring bubudèn kados ingkang kagelar wonten ing piwulang punika pranyata tanpa sama. Para angèstu tuwuk panganiaya ingkang sakalangkung wengis saking tanganipun para titiyang kafir, kalebet ugi dipun gugujeng lan dipun ungeli awon. Para kafir dèrèng marem namung dumugi samanten, milanipun sapunika lajeng wiwit tumindak badhé anyirnakaken Islam ingkang ngantos tapis. Suprandéné minangka wawalesipun panganiaya lan pangawon-awon wau sadaya, Islam andhawuhaken: Lan calathua marang para kawula-Ningsun (para Muslimin) supaya padha calathu kang becik. Punapa sababipun? Awit ingkang nukulaken pasulayan punika sétan (Tembung sétan punika asring mengku teges tukang damel wisuna). Kados sampun cetha pangandika punika mengku teges bilih pasulayan wau namung wonten ing jawi; golongan kakalih wau mesthi badhé manunggil malih. Utawi inggih saged ugi ‘ibâdî wau ateges para mengsah (Rz), langkung-langkung para titiyang Yahudi lan titiyang Nasrani, tandhanipun pangandika candhakipun mawi nyebutaken Kanjeng Nabi Dawud lan kitab Zabur. Manawi makaten lajeng mengku suraos para mangsah kadhawuhan mantuni anggènipun sami ngawon-awon Islam, awit boten dangu malih mesthi sami badhé keduwung.

1436. Dipun pèngetana bilih ing ayat punika, boten prabéda lan ing panggènan sanès-sanèsipun,

Page 19: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 17 Mesthi temahan dipun siksa 773

55 Lan Pangéranira iku luwih udani marang sapa-sapa kang ana ing langit-langit lan bumi; lan sayekti temen Ingsun wus anda-dèkaké sawenèhing para nabi angung-kuli liyané,1437 lan Ingsun wis amaringi pustaka marang Dawud.a

56 Calathua: Padha nyunyuwuna marang kang padha sira anggep, saliyané Panjenengané; lan ora bakal dhèwèké bisa ambirat riribed saka ing sira, lan ora (bakal bisa) ngelih.

57 Para kang padha disusuwuni, padha ngupaya lantaran marek marang Pangérané _ dhèwèké, endi sing luwih parek – sarta padha angarep-arep wilasa-Né; apa déné padha wedi siksané, sayekti, siksa-né Pangéranira iku barang kang kudu diwedèni.1438

ingkang kasebutaken langkung rumiyin nugraha, ingkang makaten punika anedahaken bilih nugrahanipun Pangéran punika langkung katengen katimbang lan wawalesipun Pangéran. Awit saking punika para mengsah kaparingan langkung kathah pangajeng-ajengipun angsal nugraha katimbang lan ajrihipun dhateng pidana.

1437. Manawi kapangandikakaken bilih sawenèh nabi kadamel ngungkuli sanèsipun, punika sampun mengku teges kaluhuranipun Kanjeng Nabi ngungkuli nabi sanès-sanèsipun. Déné wontenipun asmanipun Kanjeng Nabi Dawud kasebutaken kalayan mligi, awit kados déné ingkang kasebut ing Zabur, panjenenganipun nyuwun leburipun mengsah-mengsahipun, wangsul ayat kakalih ing nginggil wau anedahaken bilih Kanjeng Nabi kadhawuhan ingkang saé garapipun dhateng mengsah- mengsahipun. Déné panyuwunipun Kanjeng Nabi Dawud murih mengsah-mengsahipun sami kadhawahan laknat lan sami lebur, cekap kapethikaken saking Zabur sekedhik minangka conto: “Dhuh Allah, ...... untunipun ing cangkem mugi Tuwan rampali ...... sami dadosa ajèr kados toya ingkang ambalabar ...... lampahipun kadosa bekingking ingkang saya ajèr, sami kadosa lésaning tiyang èstri keluron ingkang boten ngantos aningali srengéngé” (Zabur 58: 6-8). “Tiyang cidra dursila punika sampun ngantos wonten ingkang Tuwan welasi” (Zabur 59: 6). “Sami kajireta sarana piyangkuhipun piyambak ....... sami katumpesa kalayan bebendu, katumpesa ngantos tapis” (Zabur 59: 13).

1438. Ingkang dipun karsakaken déning ayat punika saha ayat ingkang sampun punika sajakipun bab manembah para nabi, para tiyang suci tuwin para rabbi-rabbi (para pandhita Yahudi) ingkang katindakaken déning para titiyang Nasrani lan para titiyang Yahudi. Nalika nerangaken pangandika Para kang padha disusuwuni wau, JB mewahi katrangan makaten: kadosta para malaikat,Kanjeng Nabi ‘Isa, ibunipun Kanjeng Nabi ‘Isa lan ‘Uzair. Sesembahan-sesembahan wau piyambak sami ngajeng-ajeng nugrahaning Pangéran lan ajrih pidananipun Pangéran. Satunggaling tiyang, punika saya keparek dhateng Pangéran, inggih saya ageng pangajeng-ajengipun dhateng nugrahaning Pangéran lan saya ageng ajrihipun dhateng pidananipun Pangéran.

a. 527

Page 20: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Trah Israil Juz XV 774

58 Lan sarupaning kutha, iku ora kena ora, masthi Ingsun lebur ing sadurungé dina kiyamat, utawa Ingsun siksa kalawan siksa kang keras; iku wus katulis ing sa-jroning Kitab.1439

59 Lan ora ana kang bisa angalang-alangi Ingsun anurunaké timbalan-timbalan, kajaba déné iku wong biyèn-biyèn padha maido;1440 lan Ingsun wus amaringi unta wadon marang Tsamud – tandha kang melok – ananging dhèwèké padha atindak dudu sarana (matèni) iku; lan ora liya Ingsun anurunaké tandha-tandha iku kajaba supaya (wong-wong) padha wedia.

60 Lan nalikané Ingsun ngan-dika marang sira: Sayekti, Pangé-ranira iku anglimputi marang

1439. Punika sampun dados angger-angger, babading manusa suka pasaksèn ingkang cetha pratélan menggah ing kayektènipun. Padhukuhan-padhukuhan lan kitha-kitha ingkang reja kathah tiyangipun ing satunggaling jaman, punika patilasanipun jaman sanès ing sadèrèngipun. Angger-angger wau sampun tumindak wiwit ing jaman kina ngantos ing jaman sapunika ugi. Sang kala (jaman) tansah ngririsak padunungan lami, nanging inggih ngedegaken ingkang anyar grès minangka gegentosipun.

1440. Tiyang asring klèntu anggènipun nyuraos ayat punika. Nanging, boten prabéda lan ing panggènan sanès-sanèsipun kathah sanget, seling-serep wau tuwuh awit saking kirang titi utawi cupet ing panampi. Kados déné ingkang katerangaken ing 67, tembung âyat punika mengku teges warni kalih, timbalan utawi ayahan saha ateges tandha. Teges ingkang sapisan wau teges ingkang asring dipun anggé, kajawi manawi ing ngriku wonten pangandika ingkang anedahaken bilih teges ingkang angka kalih wau ingkang kedah dipun anggé. Rèhning ayahaning Pangéran punika mesthi dipun emohi ing sakawit, milanipun teges ingkang sapisan wau ingkang kénging dipun anggé tumrap ing pangandika punika; déné suraosipun: ingkang sakinten dados alangan lastantun tumuruning ayahanipun Pangéran dhateng turunan-turunan ingkang tansah gilir-gumantos, punika namung saprakawis, inggih punika anggènipun ayahan wau dipun emohi déning turunan ingkang sapisan. Nanging nalar ingkang makaten punika boten naté ngalang-alangi Pangéran anggènipun anurunaken ayahan dhateng turunan ingkang kantun-kantun. Inggih kados makaten punika ugi suraosipun, manawi teges satunggalipun ingkang kaserat wonten ing margin ingkang dipun anggé. Sampun cetha awéla-wéla manawi ayat punika boten anduwa tumurunipun tandha-tandha yakti, jalaran ayat punika winekasan kalayan pratélan bilih tandha yakti punika anggènipun katurunaken supados manusa sami ajrih. Sarta malih ayat candhakipun anetepaken kalayan tetembungan ingkang terang gamblang bilih nadyan sapunika ugi dhèwèké padha Ingsun wedèkaké, ingkang boten wonten sanès malih kajawi namung asarana anurunaken tandha-tandha yakti. Suraosipun sampun cetha: Manawa ana barang kang sakira bisa dadi alangan anggon-lngsun anurunaké tandha-tandha yakti, lah anggoné padha angemohi umat kang dhisik iku kang dadi alangan; nanging Ingsun tan pegat Mahaasih, sanajan sawijining umat angemohi tandha-tandha-yekti-Ningsun, ora alangan tumrap Ingsun anurunaké tandha-tandha-yekti-Ningsun marang turunan kang kari.

Ut. tandha-tandha

Ut. nampik

Page 21: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 17 Mesthi temahan dipun siksa 775

manusa.1440A Lan ora liya, luyut kang Ingsun pintonaké marang sira iku, kajaba Ingsun dadèkaké coba tumrap para manusa,1441 mangkono uga wit kang kabendon1442 ing

1440A. Ihâthah, anglimputi, punika wonten ing Quran Suci kagemipun kalayan mengku raos ngregem kados badhé anglebur. Tembung manusa ing ngriki terang ateges para mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi. Déné piweca punika wigatos amecakaken leburipun babar pisan para titiyang wau, inggih punika ingkang badhé kalampahan nalika bedhahipun nagari Makkah (Rz).

1441. Para mufassirin ingkang sapérangan kathah sami sarujuk bilih ingkang kapangandikakaken ing ngriki punika mi’rajipun Kanjeng Nabi (Bkh, Rz), ingkang sampun aparing janji dhateng panjenenganipun bilih badhé manggih kabegjan (angsal damel kautusipun) kalayan ageng-agengan ing sasampunipun Hijrah, awit inggih kados makaten punika kedahipun nyuraos mi’raj punika (mirsanana 1410). Ing kalanganipun para ngulami wonten pasulayaning pamanggih, nalika Kanjeng Nabi mi’raj punika kalayan sariranipun wadhag punapa ruhani. Ingkang kathah sami nganggé pamanggih ingkang sapisan (wadhag), nanging ing antawisipun para ingkang ngugemi pamanggih ingkang angka kalih (ruhani), kalebet ugi para linangkung kadosta: Siti ‘Aisyah lan sahabat Mu’awiyah. Awawaton sabda pangandikanipun Quran ingkang cetha pratéla punika, pamanggihipun tiyang ingkang sebagéan kathah wau kedah katulak, awit pangandika ingkang terang gamblang wau nyebutaken manawi mi’raj punika luyut kang Ingsun pintonaké marang sira. Asring kémawon Quran anyebutaken luyut tanpa mawi kasebutaken manawi punika luyut. Milanipun manawi Quran piyambak mangandikakaken kalayan ceplos manawi mi’raj punika luyut, lah inggih sampun boten wonten semang-semangipun malih manawi punika pranyata luyut. Leres, pangandikanipun Kanjeng Nabi boten nerangaken luyut punapa sanès luyut, nanging gancaring cariyos nedahaken manawi punika luyut. Kadosta ing satunggaling hadits ingkang dipun riwayataken lumantar Syarik kasebutaken bilih malaikat ngrawuhi panjenengan- /

ipun (Kanjeng Nabi) jawinipun: ing wengi liya nalika panggalihé mirsani lan nétrané saré nanging ora saré panggalihé. Ing wekasaning hadits wau wonten tetembunganipun makaten: jawinipun: panjenengané banjur wungu lan panjenengané ana ing masjidilharam (Padaleman Suci) (Bkh. kitabu Tauhid). Ing hadits sanèsipun malih katerangaken kawontenan ingkang dipun alami Kanjeng Nabi nalika mi’raj punika makaten jawinipun: nalika aku ana ing kaanan antarané turu karo melèk. Menggah ing sajatos-jatosipun nyata temenan panjenenganipun boten saré; panjenenganipun wonten ing salebeting kawontenan luyut lan sanès kawontenan supena, nanging inggih sanès mi’raj punika mi’raj wadhag. Nyata saèstu panjenenganipun kasowanaken dhateng Pangayunanipun Pangéran, sarta panjenenganipun kaparingan pirsa kaèlokan-kaèlokan adiluhung; nanging anggènipun kasowanaken wau kalayan sarira ruhani, sarta nalika panjenenganipun mirsani kaèlokan-kaèlokan wau kalayan nétra ruhani, dados boten teka ngagem sarira wadhag lan nétra wadhag, jalaran barang-barang bangsa ruhani, punika namung saged dipun tingali kalayan mripat ruhani. Sarta luyut wau mengku teges ingkang wigatos. Nalika panjenenganipun mirsani kawontenan wau sadaya, panjenenganipun saweg ngalami kawontenan, ingkang manawi manut panyawangipun manusa kalangkung déning apes; ing kala punika panjenenganipun kaparingan pirsa kabegjan ageng ingkang badhé dipun panggih ing wekdal ingkang badhé dhateng. Para mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi, kados adat sabenipun, boten ngandel dhateng luyut kados makaten wau, sarta anggugujeng panjenenganipun.

1442. Wit ingkang dipun laknati punika wit zaqqûm (Rgh). Miturut Quran Suci saben pandamel saé punika wit saé lan saben pandamel awon punika wit awon. Tembung zaqqûm (ingkang tegesipun katerangaken wonten ing angka 2111) punika wonten sisifatanipun ingkang miyambaki, inggih punika kadadosan saking aksara kakalih ingkang wiwitan lan aksara ingkang wekasaning dalem ukara: .

jawinipun Rasakna, satuhu kowé iku kang kinawasa, kang minulya,inggih punika ukara ingkang kagem mangandikani para ingkang wonten naraka (44: 49). Salah

Page 22: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Trah Israil Juz XV 776

dalem Quran; lan dhèwèké padha Ingsun wedèkaké, éwadéné ora liya kajaba mung padha wuwuh pandaluyané kang abanget.*

RUKU’ 7 Panglawanipun sétan dhateng para tulus

61-65. Sétan anggènipun merangi manusa. 66-69. Tiyang punika manawi kataman riribed lajeng angidhep ing Allah. 70. Allah andadosaken manusa angungkuli titah sanès.

61 Lan nalikané Ingsun ngan-dika marang para malaikat: Padha sumungkema marang Adama, tu-muli padha sumungkem, ananging iblis ora.b Unjuké: Punapa kawula sumungkem dhateng tiyang ing-kang Tuwan dadosaken saking lebu?c

62 Unjuké: Mugi Tuwan andu-nungaken ing kawula, punapa punika, ingkang Tuwan mulyak-aken angungkuli kawula? Manawi Tuwan kapareng anyumenèkaken kawula dumugi dinten kiyamat,damasthi saèstu turunipun badhé kawula lebur, kajawi ingkang sakedhik.

63 Panjenengané ngandika: Lu-ngaa! Déné dhèwèké, endi kang padha manut sira, lah sayekti, naraka iku wawales (marang sira) sakanca, wawales kang ganep:

*satunggaling katranganipun wit ingkang dipun laknati, inggih punika dados cobi tumrap para kafir, andharanipun kasebutaken wonten ing 2111. Nanging wontenipun bab punika kapratélakaken wonten ing pangandika ngriki, punika wigatos kanggé nisihi katrangan bab luyut ingkang dipun alami Kanjeng Nabi, sarta kakalihipun punika sami déné mengku teges ingkang lebet. Luyutipun Kanjeng Nabi mengku teges kamenanganipun Kanjeng Nabi bénjing ing wekdal ingkang badhé dhateng sarta anyasmitani kaluhuran ingkang badhé dipun gayuh Islam; wondéné pratélan ingkang kasebutaken wonten ing panggènan sanès, bilih wit zaqqûm punika tedhanipun para tiyang dosa (44: 43, 44), punika mengku piweca ingkang mecakaken leburipun mengsah-mengsahing Islam, wigatos mangandikani para tiyang dosa wau bilih piyambakipun sami kasadhiyanan tetedhan ingkang saged adamel pejah. Lah inggih piweca warni kalih punika ingkang dipun gugujeng déning para mengsah, awit saking punika dadosipun piweca-piweca punika cobi tumrap para titiyang wau. Dados, sampun cetha sanget punapa sababipun déné luyutipun Kanjeng Nabi lan pratélan bab wit ingkang dipun laknati kasebutaken dados satunggal. Kamenanganipun Islam kaliyan leburipun mengsah, punika prakawis warni kalih ingkang sasambetan rapet boten kénging pinisah.

a. 56

d. 84

c. 862

b. 57, 58

Page 23: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 17 Mesthi temahan dipun siksa 777

64 Lan dhèwèké padha cinthu-ngen, endi sing sira bisa, kalawan swara nira, lan sira disarosa nga-lahaké dhèwèké1443 kalawan jaja-ranan sarta dharat,1444 apa déné sira nyakuthonana dhèwèké ing dalem (prakara) bandha lan anak,1445

tuwin padha wènèhana kasaguhan; lan ora liya, sétan iku anggoné anyaguhi dhèwèké, kajaba mung apus-apus.

65 Sayekti, para kawula-Ningsun,iku sira ora duwé wisésa marang dhèwèké;1446 lan wis cukup Pangé-ranira iku minangka Pangayoman.

66 Pangéranira iku kang angla-kokaké prau ing sagara makolèhi ing sira, supaya sira padha ngu-paya lubèring paparing-É; sayekti Panjenengané iku marang sira pancèn asih.

1443. Ukara punika jawinipun: kakèhan gludhug kurang udan, inggihpunika kanggé nembungaken tiyang jirih ingkang nantang-nantang nanging lajeng kèndel kémawon (LL). Sétan, ingkang ing ngriki kasamekaken kaliyan tiyang jirih, ingkang remen ngungasaken kakiyatanipun nanging sajatosipun namung sakedhik balanipun, sarta manawi wantun nglawan sawatawis, lajeng mundur palarasan. Miturut I’Ab sadhéngah ingkang ajak-ajak ambaléla ing Allah, punika sétan ingkang anguwuh-uwuh (JB).

1444. Wadyabalanipun sétan punika boten sanès inggih para titiyang ingkang sami anindakaken pandamel awon; tiyang ingkang rikat anggènipun dhateng awon kasanépakaken kados déné prajurit kakapalan, déné ingkang lumampah alon-alonan wonten ing margining awon kasanépakaken kaliyan prajurit dharat. Miturut JB, kapalipun sétan lan sukunipun sétan punika ateges sadhéngah tiyang nunumpak ingkang rikat lan tiyang ingkang lumampah dharat kalawan alon-alon wonten ing pandaga.

1445. Sétan nyakutoni bandha punika ateges samukawis ingkang katanjakaken kalayan boten ap-sah utawi ingkang anggènipun angsal boten kalayan apsah. Déné nyakuthoni anak punika nyasmitak-aken lampah bandrèk ingkang mahanani lairipun jabang bayi ingkang boten apsah (JB). Inggih margi

saking punika déné ukara (4: 171), ingkang kanggé mangandikakaken Kanjeng Nabi ‘Isa, punika déning sawenèh dipun jarwani ruh saking Allah, kalayan mengku teges bilih sétan boten nyakutoni wonten ing panjenenganipun; déné tegesipun ingkang bontos wigatos anucèkaken Siti Maryam saking pandalih zina saking fihakipun para titiyang Yahudi, kados déné ingkang kapangandikakaken ing Quran makaten: “Lan amarga saka anggoné angunèkaké Maryam kalawan pandalih kang gedhé” (4: 156).

1446. Kawula-Ningsun punika kedah dipun suraos sadaya tiyang, awit sétan piyambak angakeni “Lan ingatasé marang kowé aku ora duwé purba wisésa” (14: 22). Mirsanana 1308.

Page 24: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Trah Israil Juz XV 778

67 Lan samangsa riribed ing sa-gara angenani sira, sarupané kang padha sira sambat-sebuti padha sirna kajaba Panjenengané; sa-mangsa Panjenengané wis anyala-metaké sira marang dharatan sira padha maléngos; lan manusa iku pancèn ora weruh ing panarima.1447

68 Lah, apa ta sira rumasa san-tosa: (ora) bakal Panjenengané anyirnakaké sira ing talatah dara-tan. Utawa (ora) bakal Panjenenga-né anibakaké pidana ing sira?1448

Satemah sira ora bakal padha éntuk pangayoman tumrap marang sira.

69 Utawa, apa sira padha rumasa santosa: (ora) bakal Panjenengané ing waktu séjé ambalèkaké sira ing kono, tumuli anekakaké angin ribut anempuh sira, banjur angèremaké sira, amarga saka anggon-ira ora weruh ing panarima? Satemah sira bakal padha ora éntuk réwang ang-lawan Ingsun ing dalem prakara iku.1449

1447. Gambaring wawatekanipun manusa ingkang jèbles, ingkang kapetha wonten ing ngriki punika. Wangsul dhateng Allah samangsa manggih kasusahan, nanging nyupèkaken Panjenenganipun samangsa sampun dipun wilujengaken. Sabda punika kapangandikakaken ing ngriki wigatos mangandikakaken pakartinipun para titiyang Quraisy, samangsa sami ketaman ing paceklik sami nyunyuwun dhateng Allah Pribadi supados sami kabirata saking rekaos, nanging samangsa sampun sami wilujeng saking kasusahan, lajeng sami wangsul dhateng brahala-brahala sesembahanipun.

1448. Hâshib punika tegesipun ingkang sakawit ingkang nyawataken séla, sarta punika ateges angin ageng ingkang saged ambuncang krikil (LL). Milanipun hâshib punika lajeng ateges siksa saking Allah (TA-LL). Tembung wau ugi kanggé anembungaken mendhung ingkang andhawahaken jawab woh.

1449. Ayat kakalih punika memèngeti para mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi kalayan tetembungan ingkang terang gamblang, bilih nadyan ing sawatawis wekdal piyambakipun sami saged suminggah saking siksa, suprandéné boten wurung siksa wau inggih badhé andhawahi piyambakipun. Ing ngriki kasusahan punika dipun sanépakaken kaliyan saganten. Lésus ageng ingkang dipun pèpèngetaken wonten ing pangandika punika, pranyata niyup para titiyang wau wonten ing dharatan sarta mahanani wadyabala sadasa èwu jiwa ingkang sami ngepang wakul nagari Madinah sami lumajeng sasaran, inggih punika nalika perang ingkang winastan Prang Ahzab utawi Prang Sekuton (Ibnu Hisyam), ing kalanipun titiyang Quraisy sami nglurug perang kalayan ambekta sarayanipun sadaya, perlu kanggé anggecak Islam.

Ar. anggra-yang

Ut. angasor-aké

Ut. kafir

Page 25: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 17 Panglawan dhateng Kanjeng Nabi 779

70 Lan sayekti temen Ingsun wus amulyakaké para anak Adam sarta padha ingsun emot ing dharatan lan sagara tuwin padha Ingsun paringi arupa barang kang apik-angresepaké, apa déné padha Ingsun dadèkaké pinunjul linuwih angungkuli kèh-kèhé sabarang kang Ingsun titahaké.

RUKU’ 8

Panglawan dhateng Kanjeng Nabi

71, 71. Manusa punika badhénipun dipun tangèkaken miturut punapa pandamelipun. 73-75. Pambudidaya murih Kanjeng Nabi anglirwakaké ayahanipun kautus. 76, 77. Pam-budidaya ngésahaken panjenenganipun saking Makkah.

71 (Angélingana) dina anggon-Ingsun bakal animbali sarupaning umat kalawan pangarepé;1450 ing kono sapa sing diulungi kitabé kalawan tangan tengen, lah iku bakal padha maca kitabé lan ora bakal padha kinaniaya sathithik-thithika.1451

72 Lan sapa sing ana ing (kéné) iki wuta, ana ing akhirat dhèwèké iya bakal wuta, sarta banget sasar saka ing dalan.1452

1450. Suraosipun: para titiyang tulus sami tut wingking panuntun-panuntunipun ingkang tulus sarta tiyang duraka inggih sami badhé tut wingking panuntun-panuntunipun duraka. Tembung imâm(panuntun) ing ngriki kénging dipun jarwani mawi teges sanès-sanèsipun, kitab, nabi, syari'at (angger-angger), kitabing pandameL. Teges ingkang kantun piyambak punika ugi mathuk kanggé negesi tembung wau tumrap ing pangandika punika, awit lajenging pangandika mangandikakaken kitabing pandamel. Ing panggènan sanès Quran Suci ngandika makaten: Siji-sijining umat bakal padha diuwuh marang kitabé (45: 28).

1451. Kitab punika kitab ingkang kasebutaken wonten ing ayat 14, inggih punika wohing pandamel, ingkang bénjing ing dinten kiyamat badhé dipun gelar dhateng saben tiyang kalayan wujud ingkang awewèntèhan.

1452. Ayat punika suka ancer-ancer ingkang mangka pitedah dhateng kula sami, gesang naraka punika kados pundi lan kala punapa wiwitipun. Ing ayat punika kapangandikakaken kalayan tetembungan ingkang terang gamblang, bilih para titiyang ingkang mutatuli dhateng yakti nalika wonten ing gesang sapunika punika, ing gesang sasampuning pejah inggih tetep wuta. Ingkang makaten punika anedahaken, sapisan bilih gesang naraka punika kawiwitan ing gesang sapunika punika kalayan wuta ruhani; kaping kalih, naraka ing gesang ing bénjing punika satunggaling wuta. Bab punika dipun kiyataken déning pangandika ing 57: 13, bilih para tiyang mukmin sami badhé angsal papadhang ing dinten wau, sarta para lamis sami badhé nedha dipun sukani papadhang saking para mukmin, nanging

Ut. kitabé

Page 26: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Trah Israil Juz XV 780

73 Lan temen dhèwèké bakal padha angènggokaké sira1453 saka kang Ingsun wedharaké marang sira, amurih sira agawé-gawé ang-git ingatasé Ingsun saliyané iku, lan yèn mangkono masthi dhèwèké bakal padha angalap mitra marang sira.

74 Lan lamun oraa Ingsun wus aneguhaké sira, sayekti cepak te-men tumelungira marang dhèwèké sathithik:

para lamis boten badhé angsal papadhang wau, sarta punika badhé minangka dados siksa tumrap piyambakipun.

1453. punika tegesipun mèh anindakaké iku tuwin ateges niyat nindakakéiku. Teges ingkang angka kalih ingkang kula anggé margi cocog kaliyan suraosing pangandika. Wondéné kados pundi kateranganipun teges ingkang angka kalih wau, mirsanana LL, ingkang anyebutaken waton saking Lth, M lan para ngulami sanès-sanèsipun wonten ing irah-irahan kaud.Jarwan kados anggènipun anjarwani Rodwell tuwin Palmer: dhèwèké mèh baé padha bisa ngapusi sira,sarta jarwan bangsanipun punika anggènipun anjarwani Salé, punika lepat sadaya, awit jarwan wau cengkah kaliyan pratélan ingkang kacetha wonten ing ayat sambetipun, ingkang mangandikakaken bilih Kanjeng Nabi sampun teguh teteg wonten ing margining yakti, sakedhik kémawon boten panjenenganipun tumiyung dhateng para titiyang wau.

Para mufassir sami anggadhahi panganggep, bilih ingkang kasasmitakaken ing pangandika punika satunggaling lalampahan ingkang kalampahan ing Madinah, sampun let dangu ing sasampunipun surat punika kadhawuhaken. Kosokwangsulipun, wonten satunggaling lalampahan ingkang cetha lan kiyat waton-watonipun, ingkang langkung ceplos kaliyan pratélanipun ayat punika tuwin ayat sambetipun. Lalampahan wau inggih punika pambudidayanipun para titiyang Quraisy ing Makkah ambujuk Kanjeng Nabi, lan wangsulanipun Kanjeng Nabi ingkang tetep puguh anglenggahi yakti. Malah-malah para mufassir Nasrani ngantos kasdu mrusa pangandika punika, dipun suraos mangandikakaken anggènipun Kanjeng Nabi “nyalèwèng”; bab punika kula bicara wonten ing papanipun ingkang pantes (2382). Wondéné lalampahan ingkang miturut paham kula kasasmitakaken wonten ing pangandika punika, punika kacariyosaken wonten ing kitabipun Ibnu Hisyam. Para sesepuhipun titiyang Quraisy sami damel parepatan lan nyedhahi Kanjeng Nabi, wicantenipun dhateng Kanjeng Nabi piyambakipun sami sagah ngempalaken raja-brana kagem panjenenganipun, utawi ngangkat ratu panjenenganipun, manawi panjenenganipun ngèndelaken kémawon para titiyang wau dalah brahala-brahalanipun ing sakajeng-kajengipun piyambak. Kanjeng Nabi maringi wangsulan bilih panjenenganipun boten ambetahaken sadaya wau, déné anggèning panjenenganipun ngajak ambucal margi ingkang awon, punika karana panjenenganipun mamrih kawilujenganipun para titiyang wau. Sadèrèngipun lalampahan wau inggih sampun naté wonten lalampahan sanès, inggih punika nalika para titiyang Quraisy sami ngintunaken utusan sowan dhateng Abu Thalib, ingkang paman Kanjeng Nabi. Utusan Quraisy nedha dhateng Abu Thalib supados piyambakipun ngrembagi Kanjeng Nabi sampun ngantos dipun lajeng-lajengaken anggènipun ngrembag brahala-brahalanipun titiyang Quraisy. Abu Thalib ngandika dhateng Kanjeng Nabi bilih panjenenganipun inggih sampun boten kuwaos ambélani Kanjeng Nabi lumawan para titiyang Quraisy. Wangsulanipun Kanjeng Nabi: “Saupami para titiyang wau nyèlèhaken surya wonten ing bau kula tengen lan rembulan wonten ing bau kula ingkang kiwa, mawi nedha dhateng kula supados kula nglirwakaken anggèn kula kautus, lah kula meksa boten badhé kèndel-kèndel ngantos manawi yakti punika sampun angsal kamenangan, utawi kula ingkang lebur atanpa tilas nalika andumugèkaken sedya wau.”

Page 27: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 17 Panggorohan badhé sirna déning yakti 781

75 Yèn mangkono masthi sira bakal Ingsun icipaké (siksa) kang tikel ing urip iki sarta (siksa) kang tikel ing sawisé pati: tumuli ora bakal sira éntuk panulung anduwa Ingsun.1454

76 Lan temen dhèwèké padha niyat anundhung sira saka ing nagara, amurih dhèwèké bisa angetokaké sira saka ing kono, lan yèn mangkono, bakal pamanggoné sapungkurira ora liya kajaba mung sadhéla.1455

77 (Iki) laku(-Ningsun) tumrap para utusan-Ingsun kang wus Ingsun utus ing sadurungira, lan ora bakal sira mrangguli owah-owahan ing laku-Ningsun.1456

RUKU’ 9

Panggorohan badhé sirna déning dhatengipun yakti

78-80. Kawontenanipun Kanjeng Nabi ingkang badhé kalampahan. 81. Barang dédé badhé sirna. 82. Quran Suci punika jampi. 83. Tiyang gumendhung nglokro. 84. Satunggal-tunggaling tiyang tumindak manut pamanggihipun.

78 Anjumenengna salat luming-siring srengéngé tumeka petenging

1454. Tembung idhan (yèn mangkono) punika wangsul dhateng wekasaning dhawuh ing ayat ingkang sampun. Ayat wau sampun anyethakaken bilih nadyan para mengsahipun Kanjeng Nabi ambudidaya ing sakatog-katogipun, Kanjeng Nabi tetep puguh boten naté tumiyung dhateng para mengsah wau ing sakedhik-kedhika. Nitik lalampahan ingkang kaandharaken ing nginggil, nyata makaten saèstu kawontenanipun. Saupami saèstu ingkang kapangandikakaken ing ngriki punika bab anggènipun Kanjeng Nabi sampun “nyalèwèng,” sabdanipun Quran wau inggih sampun andorakaken Kanjeng Nabi nyalèwèng, awit saupami inggih nyata nyalèwèng mesthi kadhawahan siksa ingkang tikel kalih, mangka nyatanipun boten naté kalampahan.

1455. Sareng para mengsah boten angsal damel anggènipun badhé damel nyalèwèngipun Kanjeng Nabi saking margining yakti, para tiyang wau lajeng sami angrencana badhé anundhung panjenenganipun, Sanajan ta ing sadèrèngipun para titiyang wau sampun sami kapangandikanan bilih: yèn mangkono, liripun manawi piyambakipun nundhung panjenenganipun saking Makkah, piyambak-ipun piyambak boten badhé dangu dudunung ing ngriku ing sapengkeripun Kanjeng Nabi. Piweca punika mecakaken badhé kamenanganipun Kanjeng Nabi wonten ing Makkah kalayan tetembungan ingkarg cetha wéla-wéla.

1456. Ing ngriki kasebutaken bilih sampun dados angger-anggering Pangéran, sintena ingkang nundhung nabinipun saking dalemipun, mesthi piyambakipun piyambak gentos badhé katumpes. Sarta angger-angger punika tumrap wonten ing prakawisipun Kanjeng Nabi Muhammad saw. boten badhé éwah gingsir tumindakipun; makaten pangandikanipun ayat punika.

Page 28: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Trah Israil Juz XV 782

wengi sarta wawacaning gagad bangun; sayekti wawacaning gagad bangun iku sineksèn.1457

79 Lan ing sapéranganing wengi atinggala turu1458 karana iku, (dumunung wuwuhan) sajabaning wajibira; manawa-manawa Pangé-ranira bakal angunggahaké sira ing darajat kang pinahargya.1459

80 Lan munjuka: Pangéran ka-wula! mugi kawula Tuwan lebet-aken kalayan lumebet ingkang prayogi, saha mugi kawula Tuwan wedalaken kalawan medal ingkang prayogi, punapa déné mugi Tuwan aparing kakiyatan dhateng kawula saking ngarsa Tuwan minangka pitulung (dhateng kawula).1460

81 Lan calathua: Barang yakti wis teka sarta barang dudu wis sirna; sayekti barang dudu iku (barang kang) masthi sirnané.1461

1457. Wiwit lingsiring surya dumugi seraping surya wonten wekdal kakalih kanggé sembahyang, inggih punika sembahyang dzuhr (luhur) lan sembahyang ‘ashr (ngasar). Wiwit seraping surya dumugi wanci dalu wonten kalih malih, inggih punika sembahyang magrib lan sembahyang ‘isya (ngisak), déné sembahyang ingkang kaping gangsal punika sembahyang ing wanci énjing uthuk-uthuk, ingkang ing ngriki kasebut Qurânu-l-fajr, jawinipun Quraning gagat-bangun utawi wacaning gagat-bangun. Dados ayat punika nyebutaken salat gangsal wekdal sadaya.

1458. Tahajjud punika karimbag saking tembung hajada, ingkang jawinipun turu ing wayah bengi,sarta ugi ateges melèk ing wayah bengi (LA-LL). Tembung kalawan iku, terangipun kalawansembahyang karaketaken ing tembung wau, punika anedahaken bilih teges ingkang angka kalih ingkang kakarsakaken kagem wonten ing ngriki. Miturut istilah lslam tahajjud punika mesthi ateges sembahyang ingkang katindakaken sasampunipun tilem, limrahipun ing sasampunipun lingsir dalu.

1459. Punika ugi janji malih ingkang terang gamblang, bilih tiyang ingkang déning mengsah dipun angkah katundhung saking kitha padununganipun, tur ingkang kalangkung apes wau, badhé sinengkakaken ing ngaluhur anglenggahi kaluhuran lan kamulyan. Saya dangu saya ageng kamulyan lan kaluhuran ingkang dipun lenggahi Kanjeng Nabi, sarta tangèh lamun saged dipun kanthak- kanthakaken sapinten kamulyan lan kaluhuran ingkang dipun lenggahi Kanjeng Nabi bénjing ing dinten kiyamat.

1460. Lumebet punika lumebet dhateng panggènan ingkang énggal, inggih punika kitha Madinah, ing sasampunipun Hijrah, déné medal punika Hijrah saking Makkah (JB, Kf).

1461. Ing ngriki kapangandikakaken rawuhipun Kanjeng Nabi kados déné rawuhing Yakti, cocog kaliyan piweca ing Yuhanan 16: 13 bab rawuhipun “Rohing Kayektèn” ingkang anuntun ing manusa dhateng kasampurnaning kayektèn: “Nanging sarawuhé kang kasebut mau, yaiku Rohing Kayektèn, iku bakal dadi panuntunmu marang sajroning kasampurnané kayektèn. Déné mungguh pamangsité iku

Page 29: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 17 Quran punika pangéram-éram 783

82 Lan Ingsun anurunaké Quran barang kang minangka tamba sarta wilasa tumrap para angèstu, lan iku ora liya kajaba amuwuhi kasang-saraning para atindak dudu.1462

83 Lan samangsa Ingsun aparing nugraha marang manusa, iki (banjur) mlèngos sarta gumedhé,lan samangsa ketaman riribed,nglokro.

84 Calathua: Siji-sijining wong kang tumindak manut panemuné dhéwé-dhéwé; ananging Pangéran-ira iku luwih udani marang sapa-sapa kang luwih bener anggoné ketuntun ngambah dalan.1463

RUKU’ 10

Quran Suci punika pangéram-éram ingkang angédab-édabi

85-87. Quran Suci punika wedharing sabdanipun Pangéran. 88, 89. Anggènipun tanpa timbang. 90-93. Éwah-éwahan ingkang dipun wecakaken badhé kelampahan saking sakedhik.

bakal ora ana kang saka karsané piyambak, mung apa sapamiyarsané iku kang bakal diwangsitaké, sarta kowé diparingi sumurup kaanan ing bésuké.” Ing sapengkeripun Kanjeng Nabi ‘Isa boten wonten tiyang satunggal kémawon ingkang rawuhipun ing donya anjagi ungeling piweca wau kajawi Kanjeng Nabi Muhammad saw. Wonten ing salah satunggaling surat ingkang sepuh-sepuh Quran Suci mangandikakaken panjenenganipun makaten: “Iya ora dhèwèké iku calathu metu saka pépénginané; ora liya iku kajaba wedharing sabda kang winahyakaké” (53: 3, 4). Sarta inggih panjenenganipun punika ingkang sampun anedahaken barang-barang ingkang badhé dhateng; piweca-piwecanipun dados pasaksèn ingkang cetha ing kayektènipun Kanjeng Nabi. Lan malih, inggih panjenenganipun punika ingkang angundhangaken bilih sariranipun punika yakti ingkang badhé dhateng. Sirnaning panggorohan saking tanah Arab nalika jaman sugengipun, ambuktèkaken kayektèning pangakenipun.

Ing pangandika punika sirnaning panggorohan kapangandikakaken mawi fi’il madli (tembung kriya ingkang anedahaken wekdal ingkang sampun kalampahan). Ingkang makaten punika mengku karsa bilih ingkang kapangandikakaken punika sampun yakin mesthi badhé kelampahan saèstu. Panggorohan sirna babar pisan saking Makkah nalika Kanjeng Nabi rawuh malih mriku kalayan angsal kamenangan; nalika Padaleman Suci dipun sucèni saking sawarnining brahala, Kanjeng Nabi maos ayat punika, barang yakti wus teka sarta barang dudu wus sirna (Bkh); ingkang makaten punika anedahaken bilih Kanjeng Nabi anggènipun nyuraos ayat wau mengku piweca ingkang mecakaken kamenangan ing Makkah.

1462. Awit, margi saking anggènipun sami angemohi Quran, piyambakipun nama angemohi usadaning mamalanipun saha kécalan nugraha ingkang kaparingaken lantaran Quran Suci.

1463. Milanipun Panjenenganipun badhé adamel cetha sarana anyilahaken antawisipun tiyang tulus lan tiyang dursila.

Ar. angi-nger lam-bungé Ar. riribed anggepok dhèwèké

Page 30: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Trah Israil Juz XV 784

85 Lan dhèwèké padha takon marang sira prakara wewedharing sabda.1464 Calathua: Wewedharing sabda iku saka dhawuhing Pangé-ranku, sarta kawruh kang diparing-aké sira iku ora liya kajaba mung sathithik.

86 Lan manawa Ingsun angar-sakna, amasthi Ingsun pundhut apa kang wus Ingsun wedharaké marang sira, tumuli, atas prakara iku, ora bakal sira éntuk kakawal meksa marang Ingsun,1465

87 Kajaba manawa ana wilasa saka Pangéranira _ sayekti, lubèring paparing-É marang sira iku gedhé.

88 Calathua: Manawa manusa lan jin padha sayuk agolong, perlu arep anganani sapadhané Quran iki, ora bakal padha bisa anganani sapadhané iku, sanajan siji marang sijiné padha tulung-tinulung.1466

89 Lan sayekti, ing dalem Quran iki, temen Ingsun wus angambal-ambali sarupaning bukti,1467 éwa-déné akèh-akèhé manusa padha ora nyandikani, balik padha angemohi.

1464. Katranganipun tembung ruh, ingkang jawinipun ilham utawi wahyu, mirsanana 653. Prakawis ingkang karembag wonten ayat punika tuwin wonten ing ayat-ayat nginggilipun lan ngandhapipun, punika Quran; dados suraosing pangandika anedahaken kalayan terang bilih ingkang dipun pitakèkaken déning para titiyang kafir punika sanès bab jiwaning manusa, ingkang tembungipun ingkang trep nafs, nanging bab Quran, inggih punika prakawis wahyu (wedharing Sabda).

1465. Terangipun: saupama Ingsun angarsakna mundhut iku, yakti ora ana sawiji apa kang bisa ambalékaké iku marang sira, kang iya dadi kakawalira lumawan Ingsun.

1466. Katrangan bab Quran Suci atanpa sama, mirsanana 36. Perlu dipun pèngeti bilih ing antawisipun kawan panggènan ingkang nyebutaken panantang dhateng para kafir supados sami damel saminipun dhawuh Quran, namung sapanggènan punika ingkang mangandikakaken jinn lan manusasareng. Ing panggènan sanès boten wonten ingkang nyebutaken jinn, nanging syuhadâ’, utawi para panuntun ingkang kasebutaken. Tembung jinni (manawi kathah jinn) punika wonten ing basa Arab dipun anggé kalayan mengku teges tiyang ingkang manawi tumandang kalayan tenaga sakatog-katogipun, kados déné anggènipun negesi Tabrizi nalika anggancaraken Ham: Dados, manawi ayat punika dipun suraos sasarengan kaliyan ayat sanès-sanèsipun ingkang nunggil maksud, terang

1467. Mirsanana kaca candhakipun.

Ut. ruh

Ut. ruh

Ar. dadi panulung

Ut. angge-nahaké Ut. sarupa Ut. katera-ngan

Page 31: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 17 Quran punika pangéram-éram 785

90 Sarta padha calathu: Ora pisan aku bakal ngandel marang kowé, kajaba manawa kowé wis angudalaké umbul saka ing bumi makolèhi marang aku kabèh:1468

91 Utawa (manawa) kowé (wis) duwé kebon kurma lan anggur, banjur ing jeroné koilèni kali-kali pating sarèwèh.

92 Utawa (manawa) kowé (wis) angruntuhaké langit marang aku apecah-pecah, kaya jarému, utawa anekakaké Allah lan para malaikat adu-arep (karo aku kéné):

93 Utawa (manawa) kowé (wis) duwé omah emas, utawa (manawa) kowé (wis) munggah ing langit, lan aku ora bakal padha ngandel ing munggahmu, kajaba manawa kowé wis anurunaké kitab marang aku kang bakal padha dak waca. Calathua: Mahasuci Pangéranku! Kapriyé, aku iki rak mung uwong baé, dadi utusan?1469

manawi tembung jinn ing ayat ngriki mengku teges ingkang sami kaliyan tembung syuhadâ’, ing ayat sanès-sanèsipun. Ingkang makaten punika suka pancasan ingkang angrampungi, bilih tembung jinnpunika wonten ing Quran kagem nembungaken tiyang ingkang remen awon.

1467. Matsal punika sami kaliyan washf (Rgh), dados katranganipun satunggaling barang punika kénging winastan matsal-ipun barang wau, nanging anggènipun ateges “katrangan” punika ingkang asring sarana nandhing-nandhing utawi sanépa. Ing ngriki kapangandikakaken, bilih sadaya ingkang murugaken karaharjaning manusa menggahing ruhani lan menggahing budipakerti kapratélakaken sadaya wonten ing Quran Suci.

1468. Tandha-tandha-yekti ingkang kasuwun wonten ing ayat punika tuwin wonten ing ayat titiga candhakipun, punika gagayutan kaliyan janji-janji tumrap para tiyang tulus tuwin pangancam badhé dhumawahing siksa tumrap para tiyang duraka, ingkang kapangandikakaken wonten ing Quran. Sampun boten wonten semang-semangipun malih bilih sadaya wau kanyataan saèstu wahananipun ing salebeting jamanipun para titiyang wau. Taman-taman ingkang wonten toyanipun mancur kaparingaken dhateng Kanjeng Nabi tuwin pandhèrèkipun nalika para Muslimin angsal kamenangan wonten ing tanah Mesopotamia. Langit tumurun andhawahi para titiyang ingkang sami angemohi, kalayan awujud paceklik lan kasusahan warni-warni. Para malaikat tumurun wonten ing paprangan-paprangan lan adamel karisakan ageng wonten tengah-tengahipun para titiyang wau. Ing wekasanipun kaluhuran miwah kamulyanipun Pangéran gumelar kalayan cetha nalika kamenangan ing Makkah inggih punika ingkang katembungaken rawuhipun Allah. Minggah dhateng langit inggih kalampahan, sarta Kanjeng Nabi ngampil kitab ngrawuhi para titiyang wau. Nanging sadaya wau kalampahanipun kalayan sarenti, laras kaliyan angger-anggeripun Pangéran ingkang tumrap para utusan.

1469. Wangsulan dhateng sadaya panyuwunipun para kafir wau, inggih punika: Kanjeng Nabi

Page 32: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Trah Israil Juz XV 786

RUKU’ 11

Santolan sepélé

94-96. Punapa déné sami anebihi. 97-100. Wawales punika sampun samasthinipun.

94 Lan ora ana kang ngalangi manusa padha arep angèstu, nali-kané tuntunan wis anekani dhè-wèké, kajaba déné padha calathu: Apa iya Allah iku anjumenengaké manusa dadi utusan?*

95 Calathua: Saupama ing bumi iki kang manggon, padha lumaku, para malaikat, amasthi Ingsun anurunaké para malaikat marang dhèwèké saka ing langit minangka utusan.

96 Calathua: Wis cukup Allah iku minangka saksi antarané aku lan kowé; sayekti Panjenengané iku marang kawula-Né waspada, Uninga.

97 Lan sapa kang dituntun déning Allah, iku kang nurut dalan bener, sarta sapa sing kasasaraké,alah ora bakal sira éntuk panjaga tumrap marang dhèwèké saliyané Panjenengané; lan Ingsun bakal angimpun dhèwèké ing dina kiya-mat, atas rai-rainé, wuta sarta bisu tuwin tuli; padunungané naraka; saben-saben iku sirep, dhèwèké bakal Ingsun wuwuhi mulad-muladé.

*punika manusa utusan; suraosipun: sadaya piweca ingkang kawecakaken ing babagan kabegjan ageng ingkang badhé kagayuh ing wekdal ingkang badhé dhateng utawi leburipun sadaya mengsah- mengsahipun, badhé kanyataan wahananipun kalayan sarenti sarta ing salebeting jamanipun para titiyang wau, sarta malih manut cara ingkang sampun tumindak tumrap kanyataaning wahananipun sadaya piweca, inggih punika manut angger-anggering Pangéran ing bab kanyataaning wahananipun piweca-piweca ingkang tumrap para utusan sanès-sanèsipun ingkang ugi manusa.

Ar. lan an-tarané

Ar. lahdhèwèkéa. 1297, 1312

Page 33: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 17 Katandhing pèpèngetipun Kanjeng Nabi Musa 787

98 Iki wawalesé déning anggoné padha angafiri ing timbalan-timbalan-Ingsun karo calathu: Apa iya, manawa aku wis padha dadi balung lan remukan ajur, apa iya aku padha ditangèkaké temenan dadi titah kang anyar?

99 Apa ta padha ora nimbang-nimbang, manawa Allah, kang wus nitahaké langit-langit lan bumi, iku kawasa yèn ta anitahna papadhané dhèwèké? Lan Panjenengané wus anamtu wawangen mangsa tumrap dhèwèké, kang ing kana wis ora ana semang-semangé; ananging para atindak dudu padha ora anginggihi, balik padha angemohi.

100 Calathua: Upama kowé iku anguwasanana gedhong wilasaning Pangéranku, amasthi (iku) ko-pèpèt, déning kuwatir (manawa) metu, lan manusa iku pancèn kumed.

RUKU’ 12

Katandhing kalayan pèpèngeting Nabi Musa

101-103. Pèpèngetipun Nabi Musa. 104. Para turun Israil adudunung sarta wusana-nipun dipun pidana. 105-111. Quran Suci aparing pèpènget ingkang kados makaten.

101 Lan sayekti temen Ingsun wus amaringi Musa tandha kang terang sanga;1470 mulané para turun Israil takonana nalika padha ditekani dhèwèké, banjur calathu Fir’aun marang dhèwèké: Sayekti aku iki o, Musa, ngira, manawa kowé iku wong kang kailangan akal.

1470. Pasaksèn sanga punika paprincènipun kasebutaken wonten ing 935. Ing ngriku katerangaken bilih sanga wau cocog kaliyan pasaksèn ingkang kasebut ing serat Pangentasan. Pasaksèn-pasaksèn wau inggih punika teken, asta ingkang mancorong, mangsa bethatan, risakipun wowohan, pepejah, walang, tengu, kodok lan rah.

Page 34: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Trah Israil Juz XV 788

102 Calathuné: Saèstu paduka punika uninga, bilih boten wonten ingkang nurunaken punika mi-nangka bukti ingkang cetha kajawi Pangéraning langit-langit lan bumi, sarta saèstu kula punika, o, (raja) Fir’aun, nginten manawi paduka badhé dhumawah ing karisakan.

103 Tumuli, karepé, arep padha dilebur saka ing bumi, ananging dhèwèké Ingsun kèlem dalah sa-kanthiné kabèh;1471

104 Lan sapungkuré dhèwèké Ingsun ngandika marang para turun israil: Padha manggona ana ing nagara;1472 ananging nalika janji kang wekasan wus tumeka, sira kabèh padha Ingsun gu-lung.1473

105 Lan kalawan yakti anggon Ingsun anurunaké iku, sarta kala-wan yakti anggoné tumurun; lan ora liya, Ingsun angutus ing sira iku kajaba minangka juru-martani bubungah sarta juru-pépéling.1474

106 Lan yaiku Quran, kang anggon-Ingsun anurunaké saka sapérangan-sapérangan, supaya iku sira wacakna marang para manusa

1471. Istafazzahû punika jawinipun nundhung, sarta ugi ateges ngapusi ngantos adamel karisakan dhateng ingkang dipun apusi, tuwin ateges mejahi (TA-LL). Al-ardl ing ngriki ateges lumahing bumi, dados boten ateges tanah Mesir.

1472. Bumi ing ngriki ateges tanah ingkang dipun janjèkaken dhateng titiyang Israil. Kanjeng Nabi Musa nedha palilahipun raja Fir’aun supados titiyang Israil dipun lilani késah saking Mesir, punika sedyanipun inggih badhé dipun enggènaken ing tanah ingkang kajanjèkaken wau.

1473. Janji ingkang kantun ing ngriki, inggih punika janji ingkang kaparingaken dhateng Kanjeng Nabi Musa bab badhé jumenengipun nabi sanès ingkang kados panjenenganipun. Bab punika kabuktèn saking pratélan ingkang kapangandikakaken wonten ing ayat candhakipun bab tumuruning Quran ingkang tumurun kalayan yakti, terangipun: ingkang nocogi kaliyan janji ingkang saèstu. Titiyang Israil kagulung, punika mengku teges badhé sumingkir lajeng kagentosan ing umat sanès.

1474. Allah anurunaken Quran kalayan yakti, punika mengku teges bilih anggèn-Ipun anurunaken Quran wau anocogi kaliyan piweca-piweca ingkang sampun kasabdakaken lumantar lisaning nabi-nabi-Nipun. Déné tumurun (rawuh) kalayan yakti mengku teges Quran nyata anocogi wahananing piweca-piweca wau sadaya.

Page 35: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 17 Katandhing pèpèngetipun Kanjeng Nabi Musa 789

kalawan sarenti, lan Ingsun wus anurunaké iku kalawan tumurun saka sathithik.

107 Calathua: Padha angèstua marang iku utawa aja padha angès-tu; sayekti, para kang padha sinu-ngan kawruh ing sadurungé iku, padha anjungkel mukané, sumung-kem, samangsa iku diwacakaké marang dhèwèké.

108 Sarta padha calathu: Maha-suci Pangéran kawula! saèstu, jan-jinipun Pangéran kawula, yektos kalampahan.1475

109 Sarta padha tumiba anjung-kel mukané kalawan nangis, tuwin padha wuwuh-wuwuh konjemé.a

110 Calathua: Padha anyunyu-wuna ing Allah utawa padha nyunyuwuna ing Ar-Rahman;1476

iya asma sing endi baé anggonmu nyebut (Panjenengané), Panjene-ngané iku kagungan asma kang becik-becik; sarta aja anyerokaké

1475. Janji ingkang kapangandikakaken ing ngriki, punika sampun terang janji ingkang kaparingaken dhateng para nabi ingkang sampun-sampun, bab badhé rawuhipun Kanjeng Nabi. Ngilmuing ayat ingkang sampun, punika ugi ateges ngilmuning piweca-piweca.

1476. Asma Rahmân ingkang jawinipun Pangéran Ingkang-Mahamurah punika sajakipun boten dipun remeni déning titiyang Arab. Ngantos nalika jaman pedhamèn ing Hudaibiyah titiyang Arab sami kawratan amigunakaken asma wau, inggih punika nalika Bagéndha ‘Ali badhé nyerat:

para titiyang Quraisy boten sami sarujuk lan puguh nedha serat prajanjian ingkang dipun wiwiti mawi tetembungan Para titiyang Nasrani ugi boten wanuh manawi Allah punika Rahmân, awit sifat rahmâniyah makaten mengku teges bilih Allah kapareng matedhakaken sih dhateng titahipun kalayan lalahanan, liripun titah boten mawi nindakaken punapa-punapa ingkang murugaken pantes angsal sih wau. Wangsul piwulang Nasrani bab panebusirg dosa, punika adhadhasar pangandel bilih Allah boten karsa matedhakaken sih dhateng titah-Ipun, awit Panjenenganipun kedah anglenggahi adil. Makaten punika lepat ingkang tuwuh saking kalèntuning paham, bilih Allah boten saged Adil sasarengan kaliyan Mahaasih. Leres, sampun boten wonten semang-semangipun malih manawi namung juru-kukum limrah boten saged (boten kénging) mintonaken sih; nanging Allah punika sanginggilipun juru-kukum. Panjenenganipun juru-kukum, milanipun boten saged Panjenenganipun boten anglenggahi adil; nanging Panjenenganipun punika ugi Gusti, milanipun dhateng para tiyang dosa Panjenenganipun punika Mahaasih. Welas asih punika boten teka sami kaliyan boten adil.

Ar. jang-guté

Ar. jang-guté a. 978

Page 36: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Trah Israil Juz XV 790

salatira tuwin aja kolirihaké ne-men, lan golèka dalan saantarané iki.1477

111 Lan calathua: Sadaya pa-ngalembana kagunganipun Allah, ingkang boten angalap putra, sarta ingkang boten kagungan sakutu ing salebeting kraton, tuwin ingkang boten mawi kagungan panulung ingkang milujengaken Panjenenganipun saking asor; lan anyebuta Mahaagung-É, kalawan panyungga-nyungga (ing Panjene-ngané).

1477. Wonten lampah keladuk warni kalih tumrap anindakaken sembahyang, inggih punika kalayan suwanten ingkang sora anggènipun angucapaken panyuwun lan boten kumecap babar pisan lan lisanipun, kados déné ingkang katindakaken déning sawenèh tiyang, margi anggadhahi panganggep bilih Allah anguningani punapa ingkang kumrenteg wonten ing manahipun. Para Muslimin kadhawuhan nganggé margi ingkang tengah-tengah ing saantawisipun lampah keladuk warni kalih wau.

____________

Page 37: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

SURAT 18

AL-KAHF

(Guwa)

KADHAWUHAKEN ING MAKKAH

(12 ruku’, 110 ayat)

Pathinipun:

Ruku’ 1. Pèpènget dhateng titiyang Nasrani. Ruku’ 2, 3. Ingkang sami manggèn ing guwa. Ruku’ 4. Quran Suci minangka tuntunan. Ruku’ 5. Sanépa. Ruku’ 6. Ingkang sami kalepatan dipun pancasi pangadilan. Ruku’ 7. Sami tanpa daya. Ruku’ 8. Pèpènget dipun lirwakaken. Ruku’ 9, 10. Lalananipun Kanjeng Nabi Musa ngupados kawruh. Ruku’ 11. Ingkang-Asingat-kalih tuwin Ya’juj lan Ma’juj. Ruku’ 12. Bangsa-bangsa Nasrani.

Namanipun

Nitik pathinipun ingkang kasebut ing nginggil wau, tétéla ing sagemblengipun surat punika ngrembag agami Nasrani tuwin bangsa-bangsa Nasrani. Ingkang makaten punika boten namung kabuktèn, manawi kawaos ingkang premati, langkung-langkung ruku’ ingkang wiwitan piyambak saha ingkang wingking piyambak ing surat punika, nanging ugi wonten hadits ingkang nerangaken bilih Kanjeng Nabi naté ngandika bilih sadasa ayat ingkang wiwitan, miturut riwayat sanès sadasa ayat ingkang pungkasan, punika dipun waosa kanggé rumeksa saking fitnahipun jaman akhir ingkang sakalangkung anggigirisi. Manawi makaten punapa sababipun déné surat punika kanamakaken Guwa?Nyatanipun, “guwa” punika kathah lalabetanipun tumrap tuwuh saha majeng-majengipun agami Nasrani, jalaran sifatipun ingkang amiyambaki agami Nasrani wau, ing dalem babadipun ingkang wiwitan, punika pranatan kapandhitan, ingkang tumindakipun ambetahaken sanget panggènan ingkang sepen-sepen kados déné guwa punapa punika. Dalasan cariyosipun Ashâbu-l-kahfi (ingkang sami manggèn ing guwa), punika inggih kénging dipun werdèni kados déné cariyosipun agami Nasrani, awit kawontenanipun agami Nasrani ing sakawit punika kawontenan manggèn wonten ing guwa, mempen ing asepi, boten sasambetan kaliyan manusa, nanging kawontenanipun ing pawingkingipun kosok-wangsul blejed, ngantos kaladukanipun, para pandhèrèkipun agami wau ing sapunika sami mempeng ngetog nelasaken karosanipun muhung kanggé ngoyak saéning kawontenanipun dunyawi, nyingkur babar pisan dhateng akhirat. Dados para titiyang wau nama ngambah margi ingkang kosokwangsul blejed kaliyan margi ingkang dipun ambah déning para Bapa-babuning Nasrani jaman wiwitan. Lah inggih awit saking punika mila surat punika, ingkang kénging winastan nyariyosaken sadaya lalampahanipun agami Nasrani, wonten ing wiwitanipun ngrembag sasambetanipun agami Nasrani kaliyan guwa, inggih punika kaliyan tatananipun kapandhitan, sarta wonten ing wekasanipun ngrembag pakaryanipun dunyawi agami Nasrani, inggih punika kawontenanipun agami Nasrani ing pawingkingipun. Kawontenan warni kalih punika kasasmitakaken wonten ing jujuluk Ashâbu-l-kahfi wa-r-raqîm, jawinipun para mitraning guwa lan tulis (mirsanana 1481).

Page 38: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Guwa Juz XV 792

Sasambetanipun kaliyan surat ingkang sampun

Surat ingkang sampun, mangandikakaken bilih titiyang Israil tuwin siksa ingkang dipun sandhang ambal kaping kalih. Siksa ingkang kaping kalih punika magepokan kaliyan anggènipun sami angemohi Kanjeng Nabi ‘Isa, milanipun surat ingkang sampun punika dipun pungkasi kalayan pratélan ingkang anedahaken lepatipun piwulang Allah puputra, sarta piwulang punika ugi dipun dhawuhaken menggah ing lepatipun wonten ing wiwitanipun surat punika. Dados sasambetanipun surat kakalih wau sampun cetha. Langkung-langkung agami Nasrani makaten menggah ing sajatos-jatosipun babaranipun agami Yahudi, manawi satunggal dipun sebutaken, satunggalipun inggih kedah dipun sebutaken ugi.

Ingkang kawarsitakaken

Surat punika dipun wiwiti kalayan dhawuh ingkang pratéla ngeblak wigatos nglepataken piwulang Nasrani bab jumenengipun Kanjeng Nabi ‘Isa dados putraning Allah, salajengipun lajeng anyebutaken “papaés” bumi, ingkang ngalang-alangi bangsa-bangsa ingkang nganggé agami Nasrani nampèni yakti; éwadéné kadhawuhaken, bilih para luluhuripun titiyang Nasrani duk ing kina, punika sami mempen asepi, medhot babar pisan saking sawarnining sasambetan kaliyan bumi, karana anggènipun ngantepi agaminipun. Ruku’ ingkang kaping kalih saha kaping tiga ngandharaken cariyosipun para taruna Nasrani ingkang sami ngungsi dhateng guwa; nanging tétéla manawi cariyos wau mengku suraos ingkang langkung lebet malih, sarta isi piweca ingkang wigatos nyebutaken lalampahanipun agami Nasrani piyambak ing pawingkingipun. Ruku’ ingkang kaping sakawan nerangaken bilih jamanipun agami Nasrani sampun kapengker, tuntunan ingkang sajati sapunika Quran Suci ingkang maringaken. Ruku’ ingkang kapig gangsal paring gagambaran kalayan sanépa, bilih para Nasrani mesthi badhé angemohi yakti, margi saking agenging panguwaosipun tuwin kathahing bandhanipun. Kalih ruku’ candhakipun mangandikakaken bab para ingkang sami kalepatan sami dipun pancasi ing pangadilan tuwin anggèning sami atanpa daya temahanipun. Ruku’ candhakipun malih anedahaken anggènipun sami nglirwakaken pèpènget nalika kaparingaken ing sakawit. Ruku’ ingkang kaping sanga tuwin kaping sadasa ngambali malih lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa, ingkang anggènipun lalana ngupados kawruh anjalari panjenenganipun kapanggih kaliyan satunggaling tiyang kakasihing Pangéran, ingkang putus ing kawruh langkung katimbang lan panjenenganipun piyambak. manawi cariyos punika kasuraos mangandikakaken Mi’raj-ipun Kanjeng Nabi Musa, cariyos wau lajeng kénging dipun werdèni wigatos nandhing antawising saré’atipun Kanjeng Nabi Musa ingkang rupak, kaliyan saré’at Islam ingkang sifatipun nyakup tiyang sajagad saha ingkang luhur temenan èstinipun. Ruku’ ingkang kaping sawelas mangandikakaken sang nata Darius I, inggih punika ingkang wonten ing supenanipun nabi Daniél kawarna asingat kalih (dhu-l-qarnain), sarta anggènipun sarosa ngayoni pancer kakalih ingkang winastan Ya’juj lan Ma’juj (tiyang Jawi mastani Ja Makjuja), déné maksudipun ingkang sajati punika piweca ingkang nyasmitakaken panunggilanipun Ya’juj lan Ma’juj wau ing jaman akhir. Ruku’-ipun ingkang wekasan surat punika anyebutaken malih kalayan tetembungan ingkang terang gamblang piwulangipun agami Nasrani ingkang mangka tatales sarta kawegiganipun ingkang langkung ing sasami bangsa-bangsa ingkang ngaken nganggé agami wau, kang sasar lakuné ing dalem kauripan donya; lah punika nyitra gambaripun ingkang plek sanget kawontenanipun bangsa-bangsa ingkang nganggé agami Nasrani jaman samangké punika.

Titimangsa tumurunipun

Sagemblengipun surat punika katurunaken ing Makkah, sarta bokmanawi kémawon kagolong jaman Makkah tengahan, inggih punika kinten-kinten jaman taun 4 dumugi 8 ing sadèrèngipun Hijrah.

____________

Page 39: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 18 Pèpènget dhateng titiyang Nasrani 793

RUKU’ 1 Pèpènget dhateng titiyang Nasrani

1-3. Quran Suci aparing pèpènget pawartos bibingah. 4, 5. Piwulang bab kaputran punika panasaran. 6. Prihatosipun Kanjeng Nabi dhateng para ingkang sami angajengaken piwulang punika. 7, 8. Kaéndahaning donya punika boten langgeng. 9. Para ingkang manggèn ing guwa. 10-12. Lalampahanipun kala rumiyinipun.

Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, Ingkang-Mahaasih.

1 Sakèhing pangalembana iku kagunganing Allah, Kang wus anurunaké Kitab marang kawula-Né, sarta ing jeroné Panjenengané ora adamel béngkong.1478

2 Kang anuntun marang be-ner,1478A supaya dhèwèké apé-péling pasiksan kang abanget saka ngarsané Panjenengané, sarta amartani bubungah para angèstu kang padha alaku becik, yèn bakal padha olèh pituwas kang becik,

1478. Pangandikanipun Kanjeng Nabi ing ngandhap punika saged anerangaken kalayan gumathok, punapa tegesipun Dajjal jumedhul ing jaman akhir punika. Hadits punika wonten ing kitab hadits ingkang kénging pinitados sanget, kaanggep sahih (kénging dipun anggé gondhèlan). Hadits pangandika Nabi wau makaten suraosipun: Abu Darda, ngriwayataken yèn Kanjeng Nabi (muga-muga salam lan rahmaté Allah tetep ing panjenengané) ngandika mangkéné: Sing sapa wongé éling sepuluh ayat kang wiwitan ing surat Kahfi, bakal rineksa saka fitnahé (panganiayané) Dajjal. Syi’bah nyebutaken sadasa ayat ing pungkasaning surat Kahfi, boten wiwitanipun (Muslim).

Lah, dados miturut hadits punika, ayat sadasa ing wiwitan utawi ing pungkasanipun surat punika, punika dados pangreksa saking piawonipun Dajjal. Lah manawi kita ningali jejering rembag ingkang mligi karembag wonten ing ayat-ayat wau, tétéla ing dalem ruku’-ipun surat punika ingkang wiwitan saha ingkang wekasan, punika anglepataken sanget piwulang bab kapangérananipun Kanjeng Nabi ‘Isa. Ing dalem ruku’ ingkang wiwitan, para ingkang sami wicanten bilih Gusti Allah amundhut putra, dipun pèpèngeti; ing dalem ruku’ ingkang wekasan, ingkang dipun pèpèngeti para ingkang sami nganggep Pangéran dhateng manusa. Piwulang kalih-kalihipun wau sadaya dados dhasar tatalesirg pangandelipun agami Nasrani kados wontenipun ing samangké. Quran Suci boten naté mangandikakaken bab jumedhulipun Dajjal; nanging hadits pangandikanipun Kanjeng Nabi kasebut nginggil wau, anedahaken kalayan terang, bilih ingkang sinebut Dajjal wonten ing haditsipun Kanjeng Nabi, punika inggih lepatipun piwulang Nasrani bab kapangérananipun Kanjeng Nabi ‘Isa lan bab jumenengipun dados putraning Allah, kados ingkang asring karembag wonten ing Quran Suci punika. Agami Nasrani kados wontenipun ing samangke, punika sulaya sanget kaliyan piwulargipun Kanjeng Nabi ‘Isa ingkang sajati. Milanipun kados boten wonten sanès “Antikhrist” utawi Dajjal cara Quran, punika kajawi inggih namung agami Nasrani wau. Prayogi dipun wewahi katrangan, bilih Dajjal punika tegesipun: tiyangingkang ngumpetaken yakti kaliyan panggorohan (LL), utawi tukang dora-cara (TA-LL), utawi gembonging tukang apuskrama ( LL).

1478A. Ing ngriki katerangaken, bilih Quran punika sinung sisifatan warni kalih. Sapisan Quran punika sabda ingkang sampurna; sarta ing jeroné Panjenengané ora damel bèngkong, dados Quran

Ut. Kang rumeksa marang yakti

Page 40: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Guwa Juz XV 794

3 Padha manggon ing kono salawasé;

4 Lan (supaya) dhèwèké amè-nèhi pépéling para kang padha calathu: Allah iku angalap putra.

5 Dhèwèké padha ora duwé kawruh prakara iku, mangkono uga bapak-bapakné; iku tembung ambabayani, kang metu saka ing cangkem-cangkemé, ora liya kaja-ba mung padha ngucapaké pang-gorohan.

6 Lah ta manawa-manawa ngan-ti sira asuduk jiwa saka susah déning anggonira mrihatinaké ma-rang dhèwèké, manawa dhèwèké padha ora angèstu marang undhang iki.1479

7 Sayekti, anggon-Ingsun anda-dèkaké sabarang kang ana ing sadhuwuring bumi iki minangka papaèsé (bumi), dadia panodhi-Ningsun marang dhèwèké, sapa sing luwih becik ing laku.

piyambak punika sampurna. Kaping kalih, Quran punika kitab ingkang mungguh sanget kanggé nyampurnakaken ngasanès, awit Quran punika sinebut qayyim, ingkang tegesipun: ingkang anedahakening ngasanès dhateng margi ingkang leres tanpa nyimpang mrika utawi mriki. Utawi anggènipun sinebut qayyim punika margi Quran makaten ingkang mranata saulah kridhaning manusa, utawi ingkang rumeksa kasunyatan ruhani, ingkang mesthi sirna babar pisan saking jagad punika saupami botena kareksa déning Quran Suci.

1479. Ayat punika maringi seserepan dhateng kula sami, sapinten genging prihatosipun Kanjeng Nabi Suci margi risakipun kamanusan sadaya, ngantos kapangandikakaken ing ngriki, mèh-mèh kémawon badhé asuduk jiwa margi saking sungkawa. Sugengipun Kanjeng Nabi, punika sugeng ingkang muhung kanggé lalados ing kaperluaning manusa sadaya. Prakawis ingkang dipun wigatosaken sanget déning panjenenganipun, boten wonten sanès kajawi namung mamrih supados para manusa samia sumengka ing ngaluhur anggayuh kaluhuranipun ingkang sajatos, kados ingkang dipun karsakaken ing Pangéran tumrap tumitahipun manusa. Ingkang dipun prihatosaken, boten ngemungaken para ingkang kalayan aben-ajeng tampi wasitanipun kémawon, nanging, kados déné ingkang kacetha wonten ing suraosing dhawuh, ugi nyrambahi dhateng umat sanès ingkang sami nganggep Pangéran kagungan putra, ingkang margi kerup déning gebyaring kaéndahan lahir, para titiyang wau dados sasar-susur ngantos babar pisan boten wanuh dhateng kasunyatan ruhani. Manawi ayat candhakipun dipun cundhukaken kaliyan ayat punika, lajeng cetha lan boten wonten semang-semangipun malih, bilih Kanjeng Nabi dipun paringi pirsa bab prakawis papaès ing bumi ingkang dados cobi ageng tumrap jagad Nasrani ing jaman samangké.

Page 41: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 18 Pèpènget dhateng titiyang Nasrani 795

8 Lan sayekti, sabarang kang ana ing sadhuwuré mau bakal Ingsun dadèkaké lemah lagis angenthak-enthak.1480

9 Utawa, apa sira ngira, mana-wa para Mitraning Guwa sarta Tulis, iku padha kalebu pratandha-pratandha-Ningsun kang angéram-éramaké?1481

Tembung hadits punika ateges anyar, milanipun lajeng kanggé nembungaken cariyos utawi andharan utawi undhang-undhang ingkang anyar utawi ingkang suka katerangan ingkang anyar. Déné tumrap ing ngriki, ingkang dipun karsakaken Quran.

1480. Ayat 7 lan ayat 8, punika wigatos dhawuh anggatosaken dhateng para manusa bilih kaéndahanipun gesang sapunika punika boten langgeng ing salami-laminipun. Pasitèn ingkang adi tuwin kitha ingkang saé-saé, ingkang wonten ing satunggaling jaman, punika yasan énggal ing sasirnanipun ingkang rumiyin-rumiyin. Tiyang ingkang dudunung wonten ing saganten wedhi ing tanah Arab, ingkang tanpa wonten sasawanganipun kajawi namung siti pasir tuwin gumuk lagis ingkang pating jenggeleg, mesthi kémawon boten saged nganthak-nganthakaken, bilih bumi punika tuhu rinengga ing papaès. Déné gagambaran ingkang kawarsitakaken wonten ing ngriki, punika genah manawi gambaripun kitha-kitha ingkang adi-adi, ingkang sarwa pepak samukawisipun ingkang nanarik manah, tuwin sarwa mubra-mubru aluluwihan, ingkang anliwengaken manusa, ngantos boten sami purun anggapé dhateng wasitanipun yakti sarta boten purun marsudi dhateng katulusan. Suprandéné saben wonten barang anyar, mesthi inggih wonten barang ingkang risak. Tiyang ingkang sami manggung wonten ing dalem gesang mubra-mubru, inggih boten saged suminggah saking risak. Lah inggih risakipun para titiyang wau, ingkang kadhawuhaken wonten ing dhawuh ingkang mungel lemahlagis angenthak-enhtak (tanpa ana thuthukulané) punika. Lindhu lan peperangan ingkang anggigirisi, adamel risakipun kitha ingkang saé-saé. Piweca-piweca ing dalem Injil, lan ing Quran Suci, kalayan terang sampun amecakaken badhé wontenipun satunggaling jaman, ingkang nalika punika bangsa satunggal kaliyan satunggalipun badhé peperangan brubuh amuk-amukan, sarta badhé kalampahan wonten lindhu ageng-ageng. Dados astanipun Pangéran ingkang kinawasa punika, saged tiningalan kalayan cetha makardi wonten ing babadipun jagad.

1481. Kahf punika tegesipun guwa utawi ateges papan pangungsèn. Déné raqîm tegesipun seratanutawi blèbèkan ingkang wonten seratanipun. Kados déné ingkang sampun kula terangaken wonten ing bubukanipun surat punika, guwa punika minangka ngibarating jenggerengipun agami Nasrani ingkang khusus, inggih punika ingkang gumelaripun maujud wonten ing kapandhitan. Lah inggih kapandhitan punika sifatipun agami Nasrani ingkang miyambaki, ingkang wontenipun boten let dangu kaliyan jaman lairipun agami Nasrani wau. Lajeng seratan punika punapa? Saking pamanggih kula, tembung punika mengku piweca ingkang anerangaken kawontenanipun agami Nasrani sanèsipun malih, ingkang kosokwangsul blejed kaliyan kawontenanipun agami Nasrani ing sakawit, nalika tumuwuh wonten ing guwa. Menggah ing sajatos-jatosipun, seratan punika dados gambaripun ingkang melok dadagangan utawi pandamelanipun bangsa-bangsa ingkang nganggé agami Nasrani ing jaman sapunika, boten prabéda guwa, punika dados gambaring pakaryanipun titiyang Nasrani nalika jaman wiwitan. Ambokmanawi kémawon anggènipun Quran Suci milih jujuluk punika, kanggé mastani bangsa-bangsa ingkang nganggé agami Nasrani, punika kalayan mengku karsa anedahaken sifatipun ingkang enggel para titiyang wau, ing nalika jaman wiwitan lan ing jaman pawingkingipun. Dados sajakipun ingkang kasasmitakaken wonten ing tembung guwa saha ing seratan, punika kawontenanipun agami Nasrani nalika ing jaman wiwitan sarta nalika ing pawingkingipun: agami kapandhitan malih dados agami pandamelan ngupados pangupajiwa; guwa minangka ngibaratipun ingkang angka satunggal (agami kapandhitan), déné seratan minangka ngibaratipun ingkang angka kalih wau. Déné cariyosipun para ingkang dudunung wonten ing guwa, mirsanana 1483.

Page 42: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Guwa Juz XV 796

10 Nalikané para nom-noman padha ngungsi marang guwa banjur padha munjuk: Pangéran kawula! mugi Tuwan aparing wilasa ing kawula saking ngarsa Tuwan, sarta mugi anyadhiyani margi leres dhateng kawula tumrap prakawis kawula.

11 Tumuli Ingsun angaling-ali-ngi ing pangrunguné ing jeroning guwa sawatara taun wilangané,1482

12 Tumuli padha Ingsun tangèk-aké, supaya Ingsun angudanènana, rong golongan iku endi sing luwih bisa angétung suwéné pamang-goné.1482A

RUKU’ 2

Ingkang sami manggèn ing guwa

13 Ingsun acarita marang sira caritané dhèwèké kalawan yekti; sayekti dhèwèké iku nom-noman kang padha angèstu ing Pangérané, sarta padha Ingsun undhaki pituduh.1483

1482. Nalika nerangaken ayat punika, TA nerangaken, bilih tegesipun ukara punika inggih punika: ngaling-alingi ing pangrunguné. Makaten punika katerangan- ipun Dk, sarta ingkang makaten punika langkung celak kaliyan suraosipun ingkang asli tembung wau, awit salah satunggaling tegesipun tembung dlaraba punika sadda, inggih punika ngaling-alingi (TA-LL). Ngaling-alingi pamireng punika lajeng dipun suraos sami kaliyan: nilemaken. Nanging nitik suraosing dhawuh, gathukipun kaliyan dhawuh nginggilipun lan ngandhapipun, teges ingkang asli punika langkung trep kanggé negesi; déné suraosipun: para taruna wau pedhot sasambetanipun kaliyan jagad (jaman karaméan) ngantos sawatawis taun laminipun, ngantos boten mireng punapa ingkang kalampahan wonten ing jagad ing sajawinipun. Dados Quran Suci boten tumut-tumut nyariyosaken cacriyosanipun para nèm-nèman wau ingkang ngantos atusan taun laminipun wonten ing guwa utawi wonten ing salebeting kawontenan tilem ing sadangunipun wekdal atus-atusan taun wau.

1482A. Dipun tangèkaken punika saged dipun tegesi dipun tangèkaken saking anggènipun tilem,utawi ugi kénging dipun tegesi dipun tangèkaken saged makardi, ing sasampuning sami kapedhot sasambetanipun kaliyan jagad, kados déné ingkang kasebutaken wonten ing ayat ingkang sampun. Punika mengku suraos kados pundi, gandhèngipun kaliyan cariyos punika piyambak, utawi kaliyan babadipun agami Nasrani, katerangaken wonten ing ruku’ ingkang kaping kalih lan kaping tiga.

1483. Cariyosipun “Ashhâbu-l-Kahfi wa-r-Raqîm” utawi “Mitranirg Guwa lan Tulis” punika sami kaliyan cariyos (ingkang sampun mratah ing tanah kilèn) ingkang winastan: cariyosipun “Tiyang pipitu

Page 43: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 18 Pèpènget dhateng titiyang Nasrani 797

ingkang sami tilem” (“Seven Sleepers”). Déné cariyos punika inggih punika cariyos papréntahanipun Maharaja Decius. Kacariyos wonten para mudha trahing ngawirya ing Ephesus cacah pipitu, ngungsi dhateng salebeting guwa perlu sumingkir saking panganiayanipun Maharaja Decius. Sareng sang prabu midhanget, lajeng andhawuhaken supados cangkeming guwa dipun tutup ingkang rapet lan santosa, sarana dipun tumpuki séla ingkang ageng-ageng. Kacariyosaken, sareng para mudha wau kasumpet wonten ing salebeting guwa, sanalika lajeng sami tilem, nglilir-nglilir sareng sampun let 187 taun sasampunipun kasumpet wau, inggih punika nalika jaman papréntahanipun sang nata Theodosius. Déné jalaranipun lajeng sami nglilir wau, awit séla tutuping guwa dipun pendheti déning réncang tumbasanipun satunggaling tiyang ingkang namanipun Adolius, badhé dipun anggé babakalaning sawenèh yayasan. Salah satunggalipun para mudha pipitu wau, namanipun Yamblicus, dipun kengken ngupados tetedhan dhateng kitha, nanging piyambakipun lajeng dipun prakawis amargi anggènipun badhé tutumbas mawi arta nalika jamanipan Maharaja Decius. Cekakipun, lalampahanipun para mudha wau lajeng kasumerepan. Dipun cariyosaken, bilih sang nata piyambak mirsani pasuryanipun ingkang sumorot mawa praba para mudha pipitu wau. Makaten wau manut anggènipun nyariyosaken tuwan Gibbon. Nanging wonten tiyang sanès malih ingkang nyariyosaken, bilih para mudha wau anggènipun wonten ing salebeting kawontenan ingkang kados makaten wau ngantos 375 taun.

Cariyos punika mèmper manawi wonten leresipun, boten kétang sakedhik. Malah boten namung mèmper kémawon, nanging kapara sampun genah. Awit upamia boten wonten leresipun babar pisan, mokal ngantos samanten tebaning sumiyaripun. Cariyos ingkang kagancaraken wonten ing Quran Suci, boten ngéloni péranganing lalampahan ingkang nyebal ing kudrat kados ing cariyos ingkang kaandharaken ing nginggil wau. Quran Suci namung mangandikakaken, bilih wonten tiyang sawatawis ngungsi dhateng guwa ingkang peteng, karana nyingkiri panganiaya margi nglampahi agami. Ing pundi lan kala punapa, Quran boten nyebutaken. Lah inggih namung punika ingkang kasebutaken ing ruku’ punika ingkang ngandharaken cariyos wau, sajakipun cariyos punika taksih dipun lajengaken wonten ing ruku’ ingkang kaping tiga; nanging ugi wonten sawenèhing panyuraos bilih ruku’ ingkang kaping tiga wau gagambaran ingkang mangka piweca, ingkang mecakaaken gesangipun agami Nasrani piyambak ing tembé wingkingipun. Manawi panyuraos ingkang sapisan wau ingkang dipun anggé, ruku’ ingkang kaping tiga wau namung anyariyosaken makaten: Sasampunipun para nèm-nèman wau lèrèh sawatawis wekdal, ing dinten wau ugi lajeng sami rarakit ngupados tedha saking jawi. Lah para titiyang wau lastantun dumunung wonten ing kawontenan ingkang kados makaten punika, ambokmanawi kémawon ngantos sawatawis taun dangunipun. Nanging ing wasananipun konangan, cangkeming guwa lajeng dipun pasangi tutup ingkang santosa, andadosaken lan curesipun para nèm-nèman wau. Quran Suci nyebutaken panginten-inten warni-warni bab prakawis cacahipun para nèm-nèman wau lan pinten taun dangunipun anggènipun sami wonten ing salebeting guwa, nanging boten naté nyebutaken punapa-punapa kajawi namung mangandikakaken, bilih para nèm-nèman wau wonten sawatawis cacahipun, sarta anggènipun wonten ing ngriku ngsntos sawatawis taun dangunipun.

Wonten malih pamanggih sanès ingkang ugi pinanggih ing nalar sanget, inggih punika: tiyang ingkang sami kawarsitakaken ing ngriki punika Yusuf Arimathea tuwin tiyang Nasrani jaman wiwitan sanès-sanèsipun malih sawatawis. Déné panggènan ingkang dipun anggé ngungsi punika Glastonburry ing nagari Inggris, ingkang margi panggènan punika dunungipun wonten ing sisih lèr, ceples sanget kaliyan kawontenanipun guwa kados ingkang katerangaken ing dalem Quran punika. Miturut tuwan William ing Malmesbury, Yusuf Arimathea “punika kakintun déning St. Philip dhateng nagari Inggris, sarta ing sasampunipun angsal pulo alit ing Somersetshire, lajeng angedhegaken Gréja Nasrani ing nagari Inggris ingkang wiwitan. Déné ingkang dipun anggé, pang-panging wit-witan ingkang dipun elak-eluk dipun anam. Ing pawingkingipun Gréja wau lajeng dados wihara ing Glastonbury. Dodongèngan nyariyosaken, bilih agemipun teken dipun tancebaken ing siti ingkang lajeng dados wit ingkang mawa eri, ingkang medal sekaripun setaun kaping kalih” (En. Br. Art. “Yoseph of Arimathea”). Kasebut ing En. Br. cap-capan ingkang kaping sadasa, kacariyos bilih Yusuf Arimathea punika anggènipun “lalana dhateng nagari Inggris nalika taun 63.” “Wit mawa eri ing Glastonbury wau kacariyos pancèn nyalènèh, sarta asring dipun sujarahi ngantos dumuginipun dipun sirnakaken nalika kiwa tengenipun jaman Pambangunan (jaman Hervorming).” Malih, kasebut ing En. Br. bab Glastonbury: “Miturut dodongèngan ingkang mratahipun kanthi dipun ayomi déning para pandhita, Gréja ing Glastonbury ingkang wiwitan, punika awujud griya alit ingkang kadamel saking sasak ingkang dipun damel déning Yusuf Arimathea, nalika panjenenganipun wau dados panuntuning duta kalihwelas ingkang kautus déning St. Philip saking nagari Prancis kina (Gaul) dhateng nagari Inggris.”

Page 44: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Guwa Juz XV 798

14 Lan atiné padha Ingsun teguhaké nalikané padha ngadeg lan calathu: Pangéranku iku Pangé-raning langit-langit lan bumi, ora pisan aku padha anyebut sesemba-han saliyané Panjenengané, mun-dhak aku iki padha angucapaké panggorohan kaliwat-liwat teme-nan.1483A

15 Iki, bangsaku, padha angalap sesembahan saliyané Panjenenga-né; yagéné padha ora anganakaké wisésa kang terang minangka pambélané? Lah sapa sing luwih atindak dudu tinimbang wong kang agawé-gawé goroh tumrap marang Allah?

16 Lan samangsa kowé aninggal dhèwèké dalah apa sing dikawu-lani saliyané Allah, lah padha angungsia marang guwa, Pangé-ranmu bakal anggelar wilasa-Né, sarta nyawisi kowé dadalan kang makolèhi tumrap ing prakaramu.

Malih, dodongèngan-dodongènganipun “Tuwung Suci,” punika ugi anggandhèng asma Yusuf Arimathea kaliyan nagari Inggris. Manut salah satunggaling dodongèngan punika, Tuwung ingkang kagem bojana ingkang wekasan piyambak (déning Kanjeng Nabi ‘Isa), punika dipun pasrahaken dhateng Yusuf supados kasimpen. Miturut dodongèngan sanès malih, “kacariyos Tuwung wau tumutur Yusuf dhateng nagari Inggris” (En. Br. Art “Grail”). Sadaya punika saged ugi namung lugu dodongèngan balaka, nanging inggih boten kok tanpa wonten ingkang nyata babar pisan. Sambetipun asma Yusuf Arimathea kaliyan nagari Inggris, punika kawontenan nyata ingkang enggel piyambak ingkang sumelip wonten ing dodongèngan wau sadaya. Saya melok malih punika, déné Yusuf Arimathea ingkang pinanggihipun wonten ing cacriyosanipun Injil sekawan ingkang pungkasan katingal onjo, ngantos kaanggep sahabatipun Kanjeng Nabi ‘Isa déning salah satunggalipun kitab Injil, teka lajeng boten kocap babarpisan wonten ing babadipun agami Nasrani, kados déné babad lalampahan anggènipun makarya para rasul punika. Lah manawi makaten, punapa kintenipun kénging kaanggep bilih tiyang ingkang kasebutaken wonten ing cariyos “Mitraning Guwa lan Tulis” punika Yusuf Arimathea lan kanca-kancanipun? Manawi jawabipun kénging, lah nagari Inggris punika kénging kawastanan guwa ingkang kasebutaken ing Quran Suci punika. Déné katrangan kawontenanipun guwa kados déné ingkang kasebutaken wonten ing ayat 17, punika inggih cèples kaliyan nagari Inggris wau (mirsanana 1484). Éwadéné manawi jawab kita dhateng pitakènan wau boten ngéngingaken, cacriyosan wau piyambak, boten kok atanpa mengku teges ingkang langkung lebet. Langkung saking satunggal, katrangan ingkang anedahaken, bilih cacriyosan wau anyasmitani babadipun agami Nasrani piyambak.

1483A. Punika kanggé anedahaken, bilih pandhèrèking agami Nasrani jaman wiwitan punika sami tiyang Muwahhidin (inggih punika tiyang ingkang mangéran dhateng Pangéran Ingkang-Mahatunggal).

Page 45: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 18 Ingkang sami manggèn ing guwa 799

17 Lan sira bakal bisa weruh sréngéngé nalikané mlethèk meng-lèng saka ing guwané marang sisih tengen, sarta nalika surup angli-wati dhèwèké ana ing sisih kiwané, tuwin pamanggoné padha ana ing godhagané kang ombèr. Iki kalebu tandha-tandhaning Allah; sapa sing katuntun déning Allah, iku kang olèh tuntunan bener, lan sapa sing disasaraké,a lah ora bakal sira olèh mitra kang anuntun ing bener tumrap marang dhèwèké.1484

RUKU’ 3

Ingkang sami manggèn ing guwa

18 Lan mbokmanawa sira ngira yèn dhèwèké melèk, kang mangka padha turu, sarta padha Ingsun galébag-galébagaké alihan mane-ngen lan mangiwa, déné asuné andalosoraké sikilé ing lawangan; upama sira weruha iku, amasthi sira bali lumayu anggendring saka ing kono, sarta amasthi sira kaèbe-kan ing wedi amarga saka iku.1485

1484. Ayat punika boten mangandikakaken, bilih lampahipun surya éwah sacara nyebal ing pangadatan. Babar pisan ayat punika boten mangandikakaken éwah-éwahan. Ingkang kapangandikak-aken namung bab prakawis prenahipun guwa, ingkang ngantos boten kasorotan ing soroting surya. Punika saged kémawon kalampahan, manawi cangkeming guwa punika majeng mangalèr (tumrap ing tanah sepalihing bumi ingkang sisih lèr – Noordelijk halfrond – tur kaprenah ing saleripun Kreeftskeerkring). Menggah ing sajatos-jatosipun, sisifatanipun guwa wau, ceples kaliyan kawontenan-ipun nagari pundi kémawon ingkang kaprenah ing sapalihing bumi ingkang sisih lèr tur ing salèripun Kreeftskeerkring. Prayogi dipun pèngeti, bilih bangsa-bangsa ingkang nganggé agami Nasrani, punika ingkang makmur ngemungaken ingkang sami dudunung ing nagari-nagari ingkang kaprenah ing sapalihing bumi ingkang sisih lèr, tuwin ing nagari-nagari ingkang kaprenah ing salèripun tanah Arab. Dados, ing saprakawis, saindhenging buwana Éropah punika nocogi kaliyan sisifatanipun guwa wau.

1485. Andharan ing ruku’ punika, terang manawi cèples kaliyan cariyosipun tiyang pipitu ingkang sami tilem, makaten ugi inggih cèples kaliyan babadipun agami Nasrani ing jaman akhir. Manawi nganggé panyuraos ingkang sapisan, mengku teges, para mudha ingkang sami lumajeng karana ajrih ing panganiaya saha lajeng singidan wonten ing guwa, punika lajeng sami tilem ing sawatawis wekdal, kaliyan segawonipun wonten ing cangkeming guwa. Kawontenan wau ing sawatawis radi adamel giris. Guwa ingkang peteng andhedhet, kaprenah wonten ing sajawining nagari, tebih saking nagari tur boten kadunungan ing tiyang kathah wonten tiyangipun sawatawis tilem wonten ing ngriku, tur wonten segawonipun punapa wonten ing cangkeming guwa; mesthi kémawon adamel girising manahipun tiyang ingkang kapinujon nyumerepi. Manawi kacundhukaken kaliyan babadipun agami Nasrani,

a. 44, 1312

Ut. prayit-naUt. kabes-turon

Ar. dhè-wèké

Ar. dhè-wèké

Page 46: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Guwa Juz XV 800

19 Lan kaya mangkono anggon-Ingsun anangèkaké dhèwèké, supa-ya padha takon-tinakon dhéwé.Sawenèhé ana siji kang calathu: Wis sapira suwéné alèhmu mang-gon (ing kéné)? Wangsulané: Olèhku padha manggon (ing kéné) sadina utawa bagéané sadina. (Liyané) padha calathu: Pangéran-mu luwih udani sapira suwéné pamanggonmu.1486 Mulané padha kongkonana baé salah sijimu, ang-gawa dhuwitmu salaka iki, marang kutha; banjur konen andeleng endi panganan kang luwih suci, banjur iku konen nganggo ngolèhaké panganan kowé, sarta konen di alus ing laku, tuwin aja nganti ameruhaké lalakonmu marang wong siji-sijia:1487

andharan punika ugi cèples. Ing bab punika perlu dipun èngeti, bilih ruqud punika ugi ateges: boten makardi, utawi kèndel. Kadosta miturut TA, ateges nebih utawi ngunduri prakawisipun; tuwin sami kaliyan tembung inggih punika pekenipun kèndel utawi sepen tumrap dadaganganipun, sarta ruqud punika lingganipun tembung kriya raqada. Makaten ugi aiqâdz, punika jama’-ipun tembung yaqidz, ingkang tegesipun tiyang ingkang boten naté nyepenaken kaprayitnan lan pangatos-atos, utawi tiyang ingkang tansah gumarégah manahipun (LL). Miturut TA punika ateges: tanabbaha, inggih punika manah-ipun tansah gumarégah dhateng prakawisipun.

Galébagan alihan manengen lan mangiwa, ingkang ateges boten sakéca tilemipun, punika ugi kénging dipun anggé nembungaken anggènipun makardi satunggaling tiyang utawi bangsa. Dados saged ugi punika mengku karsa mangandikakaken kabesturonipun bangsa-bangsa ingkang nganggé agami Nasrani ingkang ngantos dangu sanget, sarta anggènipun lajeng lalana ing jagad mangiwa lan manengen, inggih punika sumebar ing sadaya arah. Tiyang dipun kuya-kuya, sami ambekta segawon kanggé rumeksa awakipun saking sato galak. punika boten nama anèh. Suprandéné manawi dipun cundhukaken kaliyan kawontenanipun bangsa Éropah ing jaman samangké, ingkang ugi remen sanget dhateng segawon, sarta ingkang mrika-mriki sami ambekta segawon, punika lajeng kénging kanggé titikan ingkang anedahaken, bilih andharan ing ngriki punika ugi kénging kasuraos nyasmitani babadipun agami Nasrani ing jaman akhir. Kapendhet umumipun, griya Éropah jaman sapunika punika racak anjenggereng lan ngengreng, manawi kacundhukaken kaliyan sisifatanipun guwa ingkang katerangaken ing ngriki, punika inggih cèples lan mèmper.

1486. TA negesi labts punika ibthâ’, jawinipun alot, utawi rendhet, utawi kantun ing damel.Pitakèn lan jawab punika saged mengku kajeng ing bab prakawis dangunipun anggèning tilem para mudha wau, utawi pinten abad dangunipun bangsa-bangsa ingkang nganggé agami Nasrani anggènipun sami kèndel utawi boten makardi. Boten namung kaping sapisan kémawon Quran Suci mangandikak- aken dinten ingkang dangunipun sèwu taun (mirsanana 22: 47 lan sanès-sanèsipun). Dados tembung dina, punika tumrapipun babading satunggaling bangsa, saged ateges sèwu taun.

1487. Kawontenan ingkang kaandharaken ing dhawuh punika boten ambetahaken katerangan.

Ar. antara-né dhèwèké

Page 47: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 18 Ingkang sami manggèn ing guwa 801

20 Amarga, sayekti, manawa ko-wé kalah déning dhèwèké, kowé bakal padha dibenturi watu nganti mati utawa diruda peksa ngrasuk agamané, ing satemah kowé padha ora bakal olèh begja salawas-lawasé.

21 Lan kaya mangkono anggon-Ingsun ameruhaké (marang wong-wong) ing dhèwèké,1488 supaya padha sumurupa yèn janjining Allah iku nyata, sarta yèn kiyamat iku ing kono wis ora ana semang-semangé.1489 Nalika dhèwèké padha diya-diniya bab prakarané banjur calathu: Ing sadhuwuré adegana gedhong1490 – Pangérané luwih angudanèni ing dhèwèké. Para kang padha menang atas prakarané calathu: Sayekti ing sadhuwuré arep padha dak adegi masjid.1491

Sasampunipun seger badanipun margi sampun angsal tilem, jalaran sayah déning anggènipun lalampah, lajeng saweg sami gagasan badhé ngupados ingkang katedha wonten ing salebeting guwa ingkang sepen wau. Déné gathukipun kaliyan babadipun agami Nasrani, dhawuh punika saged ugi mengku mak-sud mangandikakaken anggènipun remen dadagangan bangsa-bangsa ingkang nganggé agami Nasrani.

1488. Inggih punika, piyambakipun mesthi lastantun sami asisingidan, saupami botena karana badhé anyekapi kabetahaning gesang, ingkang angsalipun saking kitha. Inggih awit saking anggènipun medal saking guwa perlu badhé tumbas tetedhan wau, ingkang murugaken lajeng sami konangan déning tiyang kathah ing jawi. Boten kasebutaken, sapinten dangunipun anggèning sami dumunung wonten ing kawontenan makaten punika. Saged ugi ing sawatawis dinten utawi ing sawatawis wulan, lan saged ugi ngantos ing sawatawis taun, nanging ing wasananipun, anggènipun medal saben dinten punika murugaken papan pasingidanipun kasumerepan ing tiyang sanès. Nanging manawi ayat punika kacundhukaken kaliyan ayat 11, kénging kula wastani ngantos pinten-pinten taun anggènipun sami dumunung wonten ing kawontenan ingkang kados makaten wau. Nanging prakawis ngantos kalih utawi tigang atus taun, punika boten kasebutaken ing pundi kémawon ing Quran Suci. Déné teges ingkang kawengku ing dhawuh punika sadaya, gathukipun kaliyan babadipun bangsa Nasrani, saged dipun kanthak-kanthakaken piyambak.

1489. Temahaning anggènipun sami konangan, punika katerangaken wonten ing pangandika, ingkang nerangaken bilih para mudha wau sami pinejahan; awit janjining Allah tumrap kawontenaning gesang ing tembé, punika sagedipun kenyatan kanthi sampurna, ngemungaken ing sasampunipun pejah. Sa’at utawi wayahé punika asring mengku teges leburipun satunggaling umat utawi satunggaling bangsa wonten ing jagad punika, inggih punika titimangsaning risakipun, sarta kala-kadhing sirnanipun.

1490. Dhawuh punika anedahaken, kados pundi anggènipun para mudha wau nemahi pejah. Inggih punika sarana katutup cangkemipun guwa. Lah inggih punika tegesipun kaadegan gedhong ing nginggilipun punika. Utawi dhawuh punika ateges: dipun adegi tandha pangènget-ènget.

1491. Masjid, punika tartamtu papaning sembahyang titiyang Muslimin.

Ut. sa’at wayahé

Ar. antara-né dhèwèké

Page 48: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Guwa Juz XV 802

22 (Sawenèh) bakal padha cala-thu: (Dhèwèké iku) telu, kang kaping paté asuné; sarta (ana manèh sing) padha calathu: Lima, kang kaping nemé asuné; pangira marang barang kang ora kawruhan; lan (ana manèh liyané kang) padha calathu: Pitu, lan kang kaping wo-luné asuné. Calathua: Pangéranku luwih angudanèni ing cacahé; ora ana sing meruhi dhèwèké kajaba wong sathithik; mulané aja dare-dah ing dalem prakara dhèwèké, kajaba daredah lair, lan aja ana padha kotakoni siji-sijia prakara dhèwèké.1492

RUKU’ 4

Quran Suci minangka tuntunan

23, 24. Tuntunan ingkang langkung saé. 25-29. Rawuhing Quran punika rawuhing yakti. 30, 31. Pidana lan pradana.

23 Lan aja sira calathu tumrap sawijining prakara: Sayekti, iki arep daktindakaké sésuk,1493

24 Kajaba kaparenging karsané Allah; lan élinga Pangéranira samangsa kowé kalalèn, sarta cala-thua: Manawa-manawa Pangéran-ku karsa anuntun aku ing dadalan

1492. Ayat punika lan ayat 25, punika rèhning dhumawah ing sasampunipun cunthel cacriyosan punika, anedahaken bilih sadaya wau namung panginten-intenipun tiyang ing babagan para mudha ingkang kasebut ing cariyos wau. Pinten cacah jiwanipun lan pinten taun dangunipun anggèning sami dudunung wonten ing guwa, punika sami déné prakawis ingkang kedahipun winastan namung kauningan déning Allah piyambak. Éwadéné I’Ab kagungan pamanggih, bilih dhawuh ingkang nglepataken panginten ingkang sapisan lan ingkang kaping kalih, punika anedahaken, bilih cacah ingkang kasebut ing wekasan piyambak – inggih punika pitu – punika ingkang leres.

1493. Pitedah ingkang kasebut ing dhawuh punika, mengku suraos umum, nanging inggih mengku piweca ingkang mligi, ingkang mecakaken badhé hijrahipun Kanjeng Nabi lan anggènipun badhé singidan ing guwa. Kalampahanipun saged hijrah, punika boten wonten ing panguwaosipun Kanjeng Nabi; awit saking punika boten mungguh yèn ta panjenenganipun angandika, bilih badhé anindakaken anu ing wanci anu. Kedahipun panjenenganipun namung sasumarah ingkang ambabar pisani dhateng Gusti Allah, awit inggih ngemungaken Gusti Allah Pribadi ingkang badhé ngrampungi sadaya samu-kawis, ingkang manut kaparenging karsa-Nipun mesthi badhé mahanani saé tumrap panjenenganipun.

Ut. kang cumetha

Page 49: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 18 Quran Suci minangka tuntunan 803

kang luwih cedhak marang kang bener tinimbang iki.1494

25 Lan anggoné padha manggon ing guwa telungatus taun, lan (ana liyané sing) padha muwuhi sanga.1495

26 Calathua: Allah iku luwih ngudanèni marang sapira lawasé pamanggoné; wawadining langit-langit lan bumi iku (kauningan) ing Panjenengané; banget pramana pamirsa-Né sarta banget pramana pamiyarsa-Né;1496 saliyané Panje-nengané ora ana kang dadi panjaga tumrap dhèwèké, sarta Panjene-ngané ora adamel sakutu siji-sijia ing dalem pancasan-É.

1494. Tegesipun, rekaos kados déné ingkang kasandhang déning para mitraning guwa, punika mesthi boten badhé dipun alami déning Kanjeng Nabi. Panjenenganipun cekap namung tigang dinten anggènipun wonten ing guwa; sarta nadyan mengsah ingkang sakalangkung kiyat sampun ambudidaya ing sakatog-katogipun papan ingkang dipun anggé singidan Kanjeng Nabi meksa boten saged kasumerepan, mangka namung tigang mil tebihipun saking kitha, tur dhaharipun Kanjeng Nabi inggih mendhet saking kitha ngriku. Utawi saged ugi ateges, bilih Quran punika suka tuntunan ingkang langkung prayogi.

1495. Sampun boten wonten semang-semangipun malih, bilih ayat punika sambet kaliyan ayat 22. Déné ingkang katerangaken ing ngriki, punika salah satunggalipun panginten-inten warni-warni ing bab dangunipun anggèning sami dudunung ing guwa para mitraning guwa ing ngajeng. Ing dalem panyuraos, dhawuh ing ayat 22 ingkang mungel lan padha calathu, punika inggih pinanggih wonten ing ayat 25 ngriki. Dhawuh lajengipun, calathua: Allah iku luwih ngudanéni marang sapira lawasé pamanggoné, kalayan cetha nedahaken ingkang makaten punika. Sawenèh para mufassirin kina, kadosta Qatadah, inggih kados makaten punika pamanggihipun (Rz, JB). Waosanipun Abdullah ingkang mangka katrangan, ingkang mungel: lan padha calathu: dhèwèké padha dudunung .......... punika inggih ngiyataken paham punika (Rz, Kf). Éwadéné manawi dhawuh punika boten kasuraos kados makaten wau, saged kasuraos mengku karsa: anerangaken anggènipun agami Nasrani ngantos tigang abad laminipun dados agami ingkang dipun kuya-kuya wonten ing laladan Kerajan Rum. Panguya-uya dhateng titiyang Nasrani, saweg kèndel sareng sang raja Constantiyn manjing Nasrani. Déné wontenipun mawi kasebutaken langkunganipun sangang taun punapa, punika mbokmanawi kémawon murih trepipun manawi manut pétangan taun candra. Prayogi dipun terangaken pisan, bilih pangandel agami Nasrani manut putusaning Parepatan (Konsili) ingkang dipun wontenaken ing Nicea, inggih punika ingkang mujudaken piwulang bab Triniji, punika wontenipun nalika taun 325 Masehi. Dados kénging winastan, agami Nasrani punika tetep kadunungan sawenèh kasucian miwah kamurnénipun ngantos tigang abad, ing sasampunipun punika, agami Tatslits utawi Triniji (mangéran ing Allah satunggal jèjèr tiga, utawi tiga-tiganing ngatunggal), sanès agami Tauhid (mangéran ing Allah Mahatunggal), ingkang dados agamining praja; dadosipun, para pambélaning Tauhid, saya dangu saya ical. Dados, manggèn wonten ing guwa ngantos tigangatus taun, punika saged ugi mengku suraos dangunipun anggèning agami Nasrani nandhang panguya-uya sarta anggènipun kanggènan sawenèh kamurnénipun ingkang asli sadèrèngipun jaman ngrasukipun Nasrani Maharaja Konstantin.

1496. Tuwan Palmer leres anggènipun mèngeti kalèntuning anggènipun anjarwani tuwan Sale saha

Ar. ghaib

Page 50: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Guwa Juz XV 804

27 Lan macaa apa kang kawe-dharaké marang sira yaiku Kitabé Pangéranira; ora ana kang bisa angowahi marang sabda-Né;1497 lan ora bakal sira éntuk pangungsèn saliyané Panjenengané.

28 Lan di sabar jiwanira anyar-tani para kang padha anyebut Pangérané ing wayah ésuk lan soré, angarep-arep karenan-É, sarta aja sira anglewasaké mripatira saka dhèwèké mamrih papaèsing kauripan donya, tuwin aja manut marang wong kang atiné Ingsun dadèkaké léna ing élingé marang Ingsun lan manut pépénginané kang asor, apa déné prakarané iku prakara kang mlangkah wates.

29 Lan calathua: Barang yakti iku saka Pangéranira, mulané sing sapa arep angèstu iya angèstua, lan sapa sing arep angafiri iya angafi-rana; sayekti Ingsun anyadhiyakaké geni tumrap para wong atindak dudu, kang pageré anglimputi dhèwèké; lan yèn anjaluk banyu, padha diwènèhi banyu kaya jèr-jèran tembaga, kang mlonyohaké rainé; ala ombèn-ombèn iku lan ala panggonan iku!1498

tuwan Rodwell dhateng tetembungan margi boten mangertos raosipun basa Arab. Nanging anggènipun anjarwani tuwan Palmer piyambak: Panjenengané saged mirsa lan amiyarsa,punika inggih boten saged anyethakaken suraosipun tembung ingkang asli. Miturut sadaya para ahli paramasastra lan paramabasa, tembung wau ateges ingkang wantahipun: wahpamirsané! wah pamiyarsané! Dados anggèn kula anjarwani: pranyata banget pramana pamirsa-Né sarta banget pramana pamiyarsa-Né, manut raosing basa, punika ingkang leres.

1497. Klèntu manawi dhawuh punika dipun anggé waton, bilih pitedah ingkang kaparingaken dhateng manusa lumantar wahyu punika boten saged dipun ewahi, inggih punika manusa boten saged mewahi lan boten saged nyuda sanadyan namung satembung pisan. Kalimat ing ngriki, terang ateges piweca-piweca, awit ingkang karembag ing ngriki punika piweca badhé hijrahipun Kanjeng Nabi tuwin badhé menangipun kaliyan mengsah-mengsahipun. Kadhawuhaken, bilih piweca-piweca punika boten saged dipun ewahi déning manusa, sarta mesthi kalampahanipun, sanajan agenga di kados punapa mengsah ingkang amilawani.

1498. Awit piyambakipun namung badhé angsal wohing pandamelipun. Toyaning gesang ruhani

Ut. angé-ngokaké

Ar. sapa

Ut. kukus

Page 51: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 18 Sanépa 805

30 Sayekti, para kang padha angèstu sarta alaku becik, iku sayekti Ingsun ora musprakakaké pituwasé sapa kang becik lakuné.

31 Iki kang padha olèh patama-nan langgeng, kang ing jeroné kali-kaliné padha mili; ana ing kono bakal padha dianggon-ang-goni papaès gelang emas, sarta bakal padha nganggo sandhangan sutra alus ijo, sarta sutra kandel kang sinulam ing benang emas, ing kono padha aléléyangan ana ing kanthil;1499 linuhung wawales iku, lan éndah panggonan iku!

RUKU’ 5

S a n é p a

32 Lan dhèwèké padha gelarana sanépa wong lanang loro; iku sing siji Ingsun-gawèkaké pakebonan anggur loro, lan karo pisan Ingsun-kubengi wit kurma, sarta ing saan-tarané Ingsun yasani pagagan.1500

ing gesang sapunika piyambakipun boten sami gadhah, milanipun bénjing ing gesang sasampuning pejah, piyambakipun inggih boten badhé angsal toya.

1499. Wonten ing gesang sapunika punika, manusa sakalangkung kumacèlu dhateng barang-barang punika; nanging papaès lan panganggé ing gesang sapunika punika boten langgeng. Titiyang tulus, ingkang wontenipun ing gesang sapunika namung kepéngin lan mamrih angsal papaès ruhani tuwin kaéndahaning budipakerti, wonten ing gesang ing tembé badhé angsal punika sadaya kalayan cumetha awewèntèhan. Nanging inggih dipun èngetana bilih piweca punika sadaya, ing gesang sapunika ugi, dipun tuhoni wahananipun. Bangsa Arab ingkang bandhanipun namung awujud unta tuwin kapal ingah-ingahanipun, ingkang panganggènipun namung awujud panganggé ingkang kadamel saking wacucal utawi saking tenunan ingkang kasar, kelampahan manggih rajabrana Rum lan Persi ngalempak wonten ing sangajengipun; gelang mas saha sutra kandel ingkang kasulam ing benang mas, ingkang dèrèng naté dipun sumerepi, sapunikanipun kaparingaken dhateng piyambakipun kalayan mluwah-mluwah; malihipun, taman ing tanah Mésopotamia tuwin Persi, kaparingaken dhateng piyambakipun minangka warisan ing salami-laminipun.

1500. Sanépa (kalayan cetha sinebut sanépa, babar pisan boten sinebut cariyos) ingkang kagelaraken ing ngriki, punika sampun boten wonten semang-semangipun malih sanépa ingkang kanggé anggambaraken kawontenanipun titiyang ingkang gadhah bandha kathah tuwin titiyang Muslimin. Ingkang angka satunggal, pinaringan bandha ing gesang punika kalayan kathah, kados déné ingkang kasanépakaken kaliyan pakebonan wonten ing dalem sanépa punika; ingkang angka kalih, nadyan ingatasipun bandha donya langkung mlarat, nanging ingatasipun nugraha saking langit paparinging Allah langkung sugih. Ingkang angka satunggal angemohi wasitanipun yakti, ingkang angka kalih ingkang ngampil yakti. Ingkang angka satunggal wau anggènipun pamèr inggih sami

Ar. ngisoré

Page 52: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Guwa Juz XV 806

33 Pakebonan loro iki tansah ngetokaké asil wowohan, sarta tan-pa ana sudané sathithik-thithika; apa déné ing tengah-tengahé Ing-sun ilèni kali.

34 Sarta dhèwèké sugih bandha; tumuli calathu marang rowangé kalawan apapadon: Aku luwih sugih bandha tinimbang kowé lan luwih kuwat pandhèrèk(-ku).

35 Lan dhèwèké malebu ing pakebonané kalawan atindak dudu marang awaké dhéwé. Calathuné: Aku ngira, yèn iki salawasé ora bakal sirna,

36 Lan pangiraku sa’até iku ora bakal ana, lan lamun ta aku iki dibalèkna marang Pangéranku, amasthi iya aku bakal éntuk enggon pabalèn kang luwih becik tinimbang iki.1501

37 Rowangé acalathu marang dhèwèké kalawan apapadon: Apa kowé angafiri marang Kang anitahaké kowé saka lebu,a tumuli saka ing wijining urip kang lembut,b tumuli anyampurnakaké kowé dadi wong lanang.

38 Ananging tumrapé aku, Pan-jenengané, Allah, iku Pangéranku, sarta aku ora nyakutokaké sawiji-wiji karo Pangéranku.

39 Lan yagéné nalika kowé malebu ing pakebonanmu kowé ora ngucap: Sabarang iku wis

kémawon kaliyan pamèripun tiyang sugih ing dalem sanépa wau, inggih punika: Aku luwih sugih bandha tinimbang kowé lan luwih kuwat pandhèrèk-(ku).

1501. Kiyamat utawi “wayah” ing ngriki ateges masakalaning dhumawahing siksa ingkang mesthi andhawahi sadhéngah umat ingkang angemohi yakti.

Ut. wayahé

a. 863

b. 1356

Page 53: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 18 Sanépa 807

karsaning Allah, ora ana kaku-watan kajaba ing Allah? Manawa panyawangmu ing aku, aku ikikalah sugih tinimbang kowé ing bab prakara bandha lan anak:

40 Lah manawa-manawa Pangé-ranku bakal amaringi aku kang luwih becik tinimbang pakebonan-mu, sarta angirimaké mrono pépé-tungan saka ing langit, satemah dadi lemah angenthak-enthak tan-pa tutuwuhan:

41 Utawa banyuné bakal asat anggeréng, satemah kowé ora bisa angudi (angarah baliné banyu) iku.

42 Sarta bandhané disirnakaké; satemah anggetuni1502 marang anggoné wus angetokaké waragad mrono, sarta iku dadi suwung, padha rubuh anjang-anjangé, sarta calathu: O, awak! Anua aku rak ora nyakutokaké sapa-sapaa karo Pangéranku.

43 Lan dhèwèké ora duwé golongan kang mitulungi awaké saliyané Allah, sarta ora bisa mitulungi awaké dhéwé.

44 Ing kono, pangayoman iku mung kagungané Allah, Ingkang Mahayakti; Panjenengané iku be-cik-beciké kang aparing ganjaran sarta becik-beciké kang aparing wawales.

1502. Tembungipun ingkang asli ingkang wantahipun ateges: angolak-alik èpèk- èpèké (Kf). Nanging rèhning punika solahipun tiyang ingkang kaduwung utawi susah, mila kanggènipun tetembungan wau kanthi mengku suraos kaduwung utawi susah. Tembung “anggetuni” punika langkung celak kaliyan suraosipun ukara wau.

Ut. kalawan pitulunging Allah Ut. luwih sathithik

Ut. angutus baledheg

Ar. amolak-malik tanga-néAr. ing kono

Page 54: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Guwa Juz XV 808

RUKU’ 6

Ingkang sami kalepatan dipun pancasi pangadilan

45, 46. Papaésing gesang ing donya punika boten langgeng. 47-49. Ingkang pinanggih déning para ingkang sami atindak lepat punika inggih punapa pandamelipun.

45 Lan awèha sanépa marang dhèwèké (sanépané) kauripan do-nya: (Iku) kaya banyu kang Ingsun turunaké saka mendhung, banyu anjalari angrembakané tutuwuha-ning bumi; tumuli dadi garing, remuk, binuncang mawut déning angin; lan Allah iku Ingkang-kagungan-kawasa marang samu-barang.

46 Bandha lan anak iku pa-paèsing kauripan donya; lan kang langgeng, panggawé becik, iku luwih becik mungguhing Pangé-ranira tumraping ganjaran sarta luwih becik tumraping pangarep-arep.

47 Lan ing dinané Ingsun bakal anggeblasaké gunung-gunung sarta sira bakal weruh bumi dadi angen-thak-enthak tuwin Ingsun angim-pun dhèwèké, lan ora ana kang Ingsun tinggal siji-sijia.1503

48 Lan bakal padha disowanaké marang ngarsaning Pangéranira alalarikan: Temen sira padha tumeka marang ngarsa-Ningsun kaya (nalika) Ingsun anitahaké sira sakawit; ananging mauné sira padha nyana, yèn Ingsun ora wis anartamtokaké patembayan tumrap marang sira.

1503. Bumi kadamel angenthak-enthak, punika mengku teges: sawarnining papalang ageng ingkang angalang-alangi ing Kanjeng Nabi badhé sumingkir, sarta inggih punika redi-redi ingkang badhé dipun singkiraken punika. Mirsanana 1604.

Ut. tanpa tutup, ngliga

Page 55: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 18 Sami tanpa daya 809

49 Lan kitab bakal dicepakaké tumuli sira bakal weruh para wong dosa kang padha wedi marang apa kang ana ing jeroné sarta bakal padha calathu: O, cilaka temen awakku! Kitab apa iki! ora ana sing kaliwatan, iya sing cilik iya sing gedhé, nanging padha kepé-tung (kabèh); lan sabarang pang-gawéné padha tinemu ana (ing kono); sarta Pangéranira ora anga-niaya marang sapa-sapaa.1504

RUKU’ 7

Sami tanpa daya

50 Lan nalika Ingsun ngandika marang para malaikat: Padha sujuda marang Adam,a tumuli padha sujud, ananging iblis ora;b

iku golonganing jin mulané nerak paréntahing Pangérané. Lah apa ta sira arep angalap dhèwèké sarta turun-turuné dadi mitra saliyané Ingsun; apa déné dhèwèké iku mungsuh tumrapé sira; ala tumrap para atindak dudu liliron (iki).1505

51 Ingsun ora andadèkaké saksi dhèwèké tumitahing langit-langit lan bumi, mangkono uga tumita-hing jiwané dhéwé, lan Ingsun ora angalap para juru panasaran mi-nangka réwang.

1504. Kitab ingkang anglimputi punika sami kaliyan kitab ingkang kapangandikakaken ing 17: 13, 14, makaten: “Lan Ingsun angalungaké panggawéné siji-sijining manusa ana ing guluné lan ing dina kiyamat Ingsun wetokaké marang dhèwèké (awujud) kitab, kang ginelar ngeblak. – Wacanen kitabira, ing dina iki wis cukup jiwanira minangka juru-pétung ingatasé sira.” Boten wonten pandamel sakedhik-kedhika, saé utawi awon, ingkang boten atilar tabet.

1505. Ing ngriki kalayan terang kadhawuhaken, bilih Iblis punika èwoning jinn utawi roh awon, milanipun lepat sanget manawi Iblis kaanggep malaikat utawi roh saé. Roh awon punika tansah andaga, sarta inggih punika ingkang dipun pèngetaken dhateng manusa sampun ngantos dipun celaki, supados piyambakipun saged anduwa sawarnining tumiyung dhateng awon.

a. 56 b. 57, 58

Ar. lan ora

Page 56: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Guwa Juz XV 810

52 Lan ing dinané Panjenengané bakal ngandika: Padha anguwuha kang padha sira anggep sakutu-Ningsun. Banjur padha diuwuh, ananging padha ora ana mangsuli marang dhèwèké, lan Ingsun anda-dèkaké pipisahan ing antarané dhèwèké.1506

53 Lan para dosa padha andeleng geni, banjur padha nglenggana manawa bakal padha nyemplung mrono, lan ora bakal padha olèh panggonan kanggo oncat saka ing kono.

RUKU’ 8

Pèpènget dipun lirwakaken

54-57. Pèpènget dipun lirwakaken. 58. Allah Ingkang-Aparamarta anyumenèkaken pidana. 59. Leburipun sampun tinamtu mangsanipun.

54 Lan sayekti temen Ingsun wus angambal-ambali ing sajro-ning Quran iki tumrap para manu-sa sarupaning bukti; lan manusa iku pancèn banget-bangeté sakèhé ahli madoni.

55 Lan ora ana kang angalang-alangi manusa arep padha angèstu, samangsa pituduh anekani dhè-wèké, apa déné arep nyuwun pangapura Pangérané, kajaba déné apa kang wus kalakon tumrap parawong biyèn-biyèn bakal anibani dhèwèké, utawa déné siksa bakal anibani dhèwèké sapangarepan.

1506. Tembung bain punika gadhah teges warni tiga, inggih punika pisah, kempal, saha antawis(LL). Déné tembung maubiq, tegesipun karisakan utawi pipisahan, utawi sasatron bubuyutan (TA). Ingkang kula pilih teges kados ingkang dipun anggé déning Farra saha Sairafi, déné teges satunggalipun kula serat wonten ing margin. Manawi mawi teges ingkang kasebut rumiyin wau, mengku suraos bilih kempalipun para panuntuning awon kaliyan para ingkang sami nindakaken pandamel awon, punika badhé dados sababing karisakanipun.

Ar. kumpuléiku dadi ka-rusakan

Ut. anye-thakaké

Ut. sanépa

Ar. lalakoné

Ut. mawar-na-warna bakal aniba-ni dhèwèké

Page 57: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 18 Pèpènget dipun lirwakaken 811

56 Lan ora liya Ingsun angutus para utusan iku kajaba minangka juru-awèh warta becik sarta juru-pépéling, lan para kang padha angafiri padha amadoni kalawan barang dudu, pamrihé dienggo angrubuhaké barang yakti, sarta padha anganggep guguyon marang timbalan-timbalan-Ingsun tuwin apa kang dipélingaké marang dhèwèké.

57 Lan sapa kang luwih atindak dudu tinimbang wong kang di-élingaké marang timbalaning Pa-ngérané banjur maléngos saka ing kono sarta lali apa panggawéné tangan loroné kang dhingin-dhingin? Sayekti Ingsun andokok aling-aling ing atiné, supaya iku dhèwèké ora bakal mangerti, sarta tindhih ing kupingé; lan manawa dhèwèké padha sira ajak marang pituduh, lah ora pisan bakal manut dadalan bener salawasé.1507

58 Lan Pangéranira iku Apara-marta, Gustining Wilasa; manawa Panjenengané amidanaa dhèwèké karana barang panggawéné, amas-thi Panjenengané angénggalaké siksa tumrap marang dhèwèké; ananging tumrap dhèwèké wus ana waktu kang tinamtu, ora bakal dhèwèké padha olèh pangung-sèn.1508

1507. Manah dipun tutupi punika manawi kados pundi, katerangaken malih ing ayat punika kalayan cetha. Inggih punika: samangsa tiyang punika kesangeten awonipun, ngantos malèngos saking yakti, sarta samangsa kesangeten anggènipun wangkot, ngantos boten anggapé pandamel awon ingkang katindakaken. Piyambakipun adamel wangkot manahipun piyambak sarta boten purun mirengaken; awit saking punika mila manahipun lajeng ketutupan tuwin talinganipun kesumpelan.

1508. Wekdal ingkang tinamtu, punika ingkang dipun karsakaken perang Badar, inggih punika nalika titiyang Quraisy remuk kakiyatanipun (Kf). Utawi, saged ugi ingkang dipun karsakaken punika anggènipun milawani ing tembé wingkingipun.

Page 58: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Guwa Juz XV 812

59 Lan iku kutha-kutha, iku wus padha Ingsun lebur, bareng padha atindak dudu, lan Ingsun wus anamtokaké waktu tumrap bakal leburé.1509

RUKU’ 9

Lalananipun Nabi Musa ngupados kawruh

60 Lan nalika Musa acalathu:1510

Aku ora arep lèrèn-lèrèn nganti tumekaku marang tempukaning kali1511 loro, utawa aku arep terus nganti tataunan.1512

1509. Dlamir ingkang kawengku wonten ing tembung leburé, punika wangsul dhateng para mengsahipun Kanjeng Nabi Suci.

1510. Sawenèh hadits nyebutaken namanipun, inggih punika Yusa’ bin Nun, inggih punika tiyang ing pawingkingipun katingal onjo wonten ing babadipun bangsa Bani Israil. Nanging Quran boten nyebutaken sinten namanipun.

Lalampahan ingkang dipun andharaken wonten ing ruku’ ingkang kaping sanga saha kaping sadasa, punika saged ugi lalampahan ingkang dipun alami saèstu déning Kanjeng Nabi Musa, utawi saged ugi lalampahan punika lalampahan mi’raj-ipun Kanjeng Nabi Musa, kados déné mi’raj-ipun Kanjeng Nabi Muhammad ingkang kasebutaken wonten ing surat ingkang sampun. Lalampahan ingkang kacariyosaken ing ruku’ candhakipun, ngatawisi manawi paham ingkang angka kalih wau (inggih punika ingkang mastani, bilih punika lalampahan mi’raj-ipun Kanjeng Nabi Musa) ingkang langkung memper. Suprandéné dipun pahama pisan manawi punika lalampahan ing sawantahipun, inggih punika lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa nalika ngupados ngélmu, inggih boten nama mokal. Kula aturi mirsani tafsiripun.

1511. Tembung punika limrahipun dipun suraos klèntu. Kedah dipun èngeti, bilih Kanjeng Nabi Musa punika ngantos kawandasa taun sugeng wonten ing tanah Mesir; déné tempuking lèpèn kakalih, punika boten sanès kajawi tempuking pecahanipun benawi Nil kakalih ingkang ageng wonten ing Khartoum, inggih punika ingkang dipun namakaken Bahru-l-Abyadl (Nil Pethak), lan satunggalipun dipun namakaken Bahru-l-Aswad (Nil Biru). Manawi cariyos anggènipun lalana Kanjeng Nabi Musa punika boten pinanggih wonten ing Bébel utawi ing kitab-kitab Yahudi, punika boten kok lajeng nandhakaken, bilih cariyos punika boten nyata. Kitab-kitab Yahudi (Rabbinical literature) nyariyosaken prakawis warni-warni ing bab Kanjeng Nabi Musa; lah punika sadaya suka wawaton dhateng kula sami ngandel bilih kathah emperipun Kanjeng Nabi Musa lalana kados makaten punika. Tanah Mesir Kidul punika kerajan Habasyah (Ethiopia), watesipun ingkang sisih kidul ngantos dumugi Khartoum, utawi tempuking benawi Nil kakalih. Cariyos warni-warni ingkang kasebut ing kitab-kitab Yahudi (Rabbinical literature) lan serat-serat Yunan (Hellenistic literature) sarujuk sami anyariyosaken, bilih Kanjeng Nabi Musa naté tindak dhateng nagari Habasyah (mirsanana Yewish Encyclopaedia). Malah miturut salah satunggalipun cacriyosan punika, panjenenganipun jumeneng dados ratu Habasyah, margi saking kasudiranipun saged ngawonaken mengsah, sarta krama angsal randhanipun sang nata. Bab punika radi dipun kiyataken déning cariyos ingkang kasebut ing Bébel, bilih “Miryam lan Arun padha anglawan paben marang Musa bab prakara wong wadon bangsa Kusy, kang wus dipundhut garwa” (Wicalan 12: 1). Dados lalana karana ngudi kawruh dhateng Khartoum, ingkang celak kémawon kaliyan watesipun nagari Habasyah sisih kidul, punika memper sanget. Nanging inggih wonten sawenèh Mufassirin, ingkang boten kanthi walaka anggènipun nyuraos tembung majma’ul-Bahrain wau, sarta nyuraos tembung wau ateges manunggilipun tiyang kalih, ingkang kasanépakaken kaliyan samudraning kawruh kamanusan lan

Page 59: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 18 Lalananipun Kanjeng Nabi Musa 813

61 Bareng sakaroné wus padha tumeka tempukaning (kali) loro padha kelalèn iwaké, iki banjur mancolot ing kali, anggeblas.1513

62 Bareng sakaroné wis terus lakuné, dhèwèké calathu marang réwangé: Wetokna sarapané (wong loro: aku lan kowé); sayekti aku padha krasa sayah saka anggonku padha lalana iki.

63 Calathuné: Punapa sampéyan sumerep nalika kula sami angu-pados pangungsèn dhateng séla parang, lajeng ulamipun saèstu kula kasupèn, lan boten sanès ingkang nyupèkaken kula sanjang prakawis punika kajawi sétan, sarta mancolot ing lèpèn; anggu-munaken!1514

64 Calathuné: Ya iki barang kang padha dakgolèki; banjur pa-dha bali nurut tapak tilasé manèh.

65 Tumuli sakaroné katemu sa-wenèhing abdi-Ingsun kang Ingsun paringi wilasa saka ngarsa-Ningsun sarta kang Ingsun wulang kawruh saka ngarsa-Ningsun.

kawruh Kapangéranan. Nanging saking pamanggih kula, manawi lalampahan punika kita anggep mi’raj, punika mengku teges, bilih syari’at Musa punika winates. Kanjeng Nabi Musa lalana ngantos pinten-pinten taun, ngantos dumugi Majma’u-l-Bahrain, lajeng ateges bilih syari’at Musa punika ing sasampunipun sawatawis wekdal, lajeng badhé dumugi masakalanipun pundhat wawangenipun. Déné gentosipun: Syari’at énggal, ingkang kaampil déning satunggaling nabi, ingkang wonten ing dhawuh ngriki kawarna Majma’u-l-Bahrain, inggih punika manunggilipun samudra kakalih, samudraning ngélmu kamanusan lan Kapangéranan, utawi tiyang ingkang kawasa ambabar kadonyan lan karuhaniyahan ingkang kalayan sampurna, inggih punika Kanjeng Nabi Suci Muhammad saw.

1512. Huqub punika ateges wekdal ingkang dangu (Bd), utawi setaun utawi pitungdasa taun utawi wolungdasa taun.

1513. Miturut hadits, icalipun ulam wau minangka tandha, bilih sampun dumungi papan ingkang dipun tuju (Bkh). Nanging ing Quran Suci saha ing dalem hadits boten wonten ingkang nerangaken bilih ulam wau ulam ingkang sampun dipun ratengi.

1514. Ngupados pangungsèn dhateng redi séla, punika anedahaken, bilih Kanjeng Nabi Musa lan réncangipun wau lerem wonten ing panggènan ingkang kebanjiran ing toyaning lepen; lah sareng ngupados pangungsèn, réncangipun Kanjeng Nabi Musa kasupèn ulamipun boten kabekta. Déné gumunipun wau boten teka anggumuni déné ulamipun mencolot dhateng lepen, nanging margi piyambakipun kasupèn boten matur dhateng Kanjeng Nabi Musa bab icalipun ulam wau.

Ar. anga-lap dalané

Ar. anga-lap dalané

Page 60: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Guwa Juz XV 814

66 Musa calathu marang dhè-wèké: Punapa kapareng kula andhèrèk sampéyan, kalayan panyuwun kaparenga sampéyan mulang kula kawruh leres ingkang kawulangaken dhateng sampéyan?

67 Calathuné: Saèstu, sampéyan boten kuwawi sabar asarengan kaliyan kula:

68 Lan kados pundi saged sam-péyan sabar dhateng barang ing-kang sampéyan boten kasinungan kawruhipun ingkang anglimputi?

69 Calathuné: Manawi Allah amaringaken, sampéyan badhé sumerep sabar kula saha sabarang rèh kula boten badhé lenggana ing sampéyan.

70 Calathuné: Manawi sampéyan tutwingking kula, lah sampéyan sampun nakèni kula prakawis punapa-punapa, ngantos sawi-canten kula piyambak dhateng sampéyan prakawis punika.

RUKU’ 10

Lalananipun Nabi Musa ngupados kawruh

71 Tumuli sakaroné mangkat lalana, nganti, nalikané wis padha nunggang ing prau, dhèwèké ambolongi (prau) iku. Calathuné (Musa): Punapa anggèn sampéyan ambolongi punika murih para titiyangipun sami kelem? Saèstu sampéyan punika anindakaken prakawis ingkang ageng.

72 Calathuné: Punapa kula boten sampun sanjang, manawi sam-péyan boten badhé kuwawi sabar asarengan kula?

Ar. manggih kula sabar

Page 61: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 18 Lalananipun Kanjeng Nabi Musa 815

73 Calathuné: Mugi sampéyan sampun duka dhateng kula déning prakawis ingkang kula kasupèn sa-ha mugi sampéyan sampun meksa kula ingkang angèl ing prakawis kula.

74 Banjur padha nerusaké laku-né, nganti, nalika katemu bocah lanang, iki dipatèni. (Musa) ca-lathu: Punapa sampéyan mejahi tiyang resik, tanpa mawi sabab (mejahi) tiyang? Saèstu sampéyan punika anglampahi prakawis awon.

JUZ XVI

75 Calathuné: Punapa kula boten sampun sanjang, manawi sam-péyan boten badhé kuwawi sabar asarengan kula?

76 Calathuné: Manawi sasampu-nipun punika kula amitakèni sam-péyan prakawis punapa-punapa, lah kula sampun sampéyan pareng-aken andhèrèk sampéyan; saèstu sampéyan badhé darbé pamuwung ing dalem prakawis kula.

77 Tumuli sakaroné anerusaké laku, nganti, nalikané padha tu-meka marang wonging sawijining kutha, iki dijaluki pangan; ana-nging dhèwèké padha emoh anam-pani sakaloron iku dadi dhayoh. Dumadakan ing kono padha weruh témbok arep rubuh, banjur di-jejegaké. Musa calathu: Manawi sampéyan ngarsakaken, amasthi sampéyan sageda angalap pituwas ingatasipun prakawis punika.

78 Calathuné: Punika pisahipun antawisipun kula kaliyan sampé-

Ar. padha mangan wongé ing kono Ar. nemu

Page 62: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Guwa Juz XVI 816

yan; sapunika kula badhé amedhar-aken dhateng sampéyan suraos-ipun1515 barang ingkang sampéyan boten kuwawi nyabaraken.

79 Menggahipun baita, punika gadhahanipun titiyang miskin, ingkang sami nyambut damel ing lèpèn, kajeng kula, punika badhé kula risak, sarta sawingkingipun piyambakipun wonten satunggaling raja ingkang damelipun angrampas sawarnining baita kalayan pari-paksa.

1515. Kateranganing suraosipun lalampahan warni tiga wau, anedahaken gumelaring kawicak-sananipun Pangéran wonten ing sabarang rèh ingkang kalampahan wonten ing gesangipun manusa ing sadinten-dinten. Angger-anggering Pangéran kados déné ingkang gumelar wonten ing sagung dumados punika, punika menggah ing sajatos-jatosipun tumindakipun nuju mamrih dhateng kasaénan, sanajan tarkadhang katingalipun tumrap mripat wadhag, sajak adamel pituna dhateng sawenèh tiyang. Astaning Allah Ingkang-Mahamurah, ingkang makardi wonten ing sagung dumados, punika mesthi mengku maksud nununtun ing manusa tumuju dhateng kasaénan linuhung, sanajan kadumugènipun maksud wau perlu kedah dipun lantari mawi pituna punapa menggahing katingalipun. Terkadhang pituna wau namung katingalipun kémawon, kadosta: baita dipun bolongi, punika menggah ing sajatosipun boten adamel kapitunan, nanging anggènipun sajak dipun pitunani punika malah ngemu maksud ingkang langkung ageng sarta malah maédahi sanget dhateng ingkang gadhah. Tuladha ingkang angka kalih, inggih punika damel pituna saèstu dhateng satunggaling tiyang nanging punika kanggé kasaénanipun manusa umumipun, awit kanggé kasaénanipun manusa sadaya, kurban angetohaken nyawa punika kedah. Tuladha ingkang angka tiga anedahaken, bilih kanggé kasaénanipun manusa sadaya, tiyang kedahipun purun nindakaken pandamel ingkang boten sanalika wonten wawalesipun (ganjaranipun); sarta malih kasaénan ingkang katindakaken déning satunggaling turunan, punika boten kok boten maédahi babar pisan tumrap turunan ing sapengkeripun.

Menggah ing sajatos-jatosipun Kanjeng Nabi Musa piyambak ngalami pangalamaning gurunipun, sarta lalampahan-lalampahan wau sajakipun boten sanès kajawi gagambaran ingkang mangka piweca, ingkang anggambaraken pakaryanipun Kanjeng Nabi Musa piyambak, ing salamining sugengipun. Boten prabéda kaliyan baita dipun bolongi punika saged nuwuhaken kakuwatosan ing bab kawilujenganipun para ingkang sami numpaki, lah makaten ugi Kanjeng Nabi Musa, umatipun dipun tuntun dhateng satunggaling panggènan, ingkang manut pangintening umatipun wau, kados déné namung sami badhé dipun kèlemaken balaka. Nanging anggènipun wilujeng boten kirang satunggal punapa nalika sami nyabrangi toya, punika anedahaken, bilih ingkang makaten punika karana kanggé kasaénanipun piyambak. Lajengipun, Kanjeng Nabi Musa dhawuh dhateng pandhèrèk-pandhèrèkipun supados amerangi bangsa ingkang sakalangkung awon kalakuanipun lan dhawuh mejahi para titiyang wau. Nanging panjenenganipun mutahaken rahing manusa punika boten kok atanpa teges, awit menggah ing sajatos-ajatosipun, punika satunggaling tataran ingkang nuju dhateng tumuwuhing kamajenganipun bangsa. Salajengipun, anggènipun Kanjeng Nabi Musa angurbanaken sariranipun namung kanggé lalados dhateng titiyang lsrail – inggih punika tedhak turunipun satunggaling tiyang ingkang tulus – punika cocog kaliyan lekas ingkang katindakaken déning gurunipun, ngedegaken tèmbokipun laré yatim tanpa nedha upah. Manawi ayat punika dipun waos kanthi angèngeti lalampahan punika, tétéla manawi andharan punika cariyos mi’rajipun Kanjeng Nabi Musa, inggih punika mralambangi lalampahan ageng ingkang badhé dipun alami déning panjenenganipun.

Ar. antawis-ipun sampé-yan

Page 63: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 18 Ingkang asingat kalih 817

80 Wondéné pun laré, punika tiyang sepuhipun kalih pisan sami tiyang angèstu, sarta kula kuwatos-aken, bilih piyambakipun badhé anjalari pambalasaripun tuwin ka-firipun (tiyang sepuhipun) kakalih;

81 Lan kajeng kula, supados Pangéranipun amaringana lilintu dhateng piyambakipun sakaliyan ingkang langkung saé menggahing kasucian tinimbang piyambakipun sarta langkung parek ing wilasa:

82 Wondéné pun tembok, puni-ka gadhahanipun laré kakalih sami yatim ing salebetipun kitha, sarta ing sangandhapipun wonten bara-nanipun, gadhahanipun (laré) kalih punika, tuwin bapakipun tiyang tulus; lan karsanipun Pangéran sampéyan, supados sakalihipun dumugi diwasa sarta andhudhaha barananipun, minangka wilasa saking Pangéran sampéyan, sarta pandamel kula punika boten saking moga kula piyambak.1516 Makaten punika suraosipun barang ingkang sampéyan boten kuwawi nyabar-aken wau.

RUKU’ 11

Ingkang-Asingat-kalih tuwin Ya’juj lan Ma’juj

83 Lan dhèwèké padha takon marang sira prakara Dhu-l-qarnain.1517 Calathua: Aku bakal amacakaké caritané dhèwèké ma-rang kowé.

1516. Punika anedahaken, bilih punika namung kanggé piwulang tumrap Kanjeng Nabi Musa.1517. Tembung dhu-l-qarnain, punika tegesipun wantah: ingkang-asingat kalih. Déné ingkang

dipun karsakaken, inggih punika ménda gèmbèl jaler ingkang asingat kalih, ingkang kapirsanan déning Nabi Daniél wonten ing salebeting luyut (Dan. 8: 3), ingkang déning panjenenganipun dipun werdéni kerajan Media lan Persi, ingkang kakempalaken dados kerajan satunggal dipun ratoni ratu satunggal,

Page 64: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Guwa Juz XVI 818

84 Sayekti, Ingsun anetepaké dhèwèké ana ing bumi sarta Ingsun paringi sarana panggayuh marang samubarang.

85 Lan dhèwèké nurut dadalan.

86 Nganti, nalikané dhèwèké tumeka enggon suruping srengé-ngé,1518 iki tinemu katon sumurup ing sagara ireng,1519 sarta ing kono

inggih punika Sang nata Cyrus, ingkang déning Bébel kalèntu dipun wastani sang nata Darius (En. Br. tuwin Yewish En. art. “Darius”). Nanging ingkang dipun karsakaken wonten ing luyutipun Nabi Daniel, punika sanès sang prabu Cyrus, nanging sang prabu Darius I Hystaspis (521-485 sadèrèngipun Kanjeng Nabi ‘Isa), inggih punika “ingkang sampun marengaken titiyang Yahudi Padalemanipun Suci, sarta ingkang kasebutaken ing Serat Ezra 4: 5, 24; 5: 5; 6: 1; Serat Haggai 1: 1; 2: 10; Serat Zakariyah 1: 7, tuwin ambokmanawi kémawon ing Serat Nehimiyah 12: 22. Bèr-budi bawalaksananipun sang prabu Darius dhateng bangsa Yahudi, punika cocog kaliyan ingkang sampun sami kula sumerepi ing bab politikipun ingkang umum sang prabu wau tumrap ing babagan agaminipun bangsa-bangsa ingkang dados rèh-rèhanipun.” (En. Bib. “Darius”).

“Ménda gèmbèl jaler ingkang asingat kalih” ing luyutipun Nabi Daniél, punika ratu ing Media lan Persi. Prakawis punika sampun katerangaken wonten ing Serat Daniel. Ing ngriku werdining supena wau dipun terangaken makaten: “Mungguh wedhus gèmbèl lanang asungu loro kang kodeleng, iku ngibarati rajané Media lan Persi” (Dan. 8: 20). Déné cariyos Dhu-l-qarnain ing dalem Quran, punika ingkang dipun karsakaken Darius I, tandhanipun: “Darius punika ingkang mranata Kerajan Persi. Anggènipun neluk-nelukaken punika perlu kanggé mageri tapel-watesing kerajanipun ing Armeniah, Caucasus, tuwin ing India, saha ing saurutipun tanah ngaré Turanian saha pareden ing Asia Tengah.” (Yewish Enc. “Darius I”). Katerangan saking En. Br. ing ngandhap punika angiyataken pamanggih punika: “Kasebutaken wonten ing seratan ing sela (inscription) ingkang kanggé mèngeti panjenengan-ipun, katawis sang nata Darius punika tiyang ingkang setya ngrungkebi agaminipun sang Zoroaster ingkang sajati. Nanging panjenenganipun punika ugi satunggaling staatsman lan organisator ingkang peng-pengan. Wekdalipun aneluk-nelukaken sampun rampung; boten prabéda lan Maharaja Augustus, anggènipun sang prabu Darius peperangan, punika namung mengku maksud yasa tapel wates ingkang asli saking kudrat kanggé mageri krajanipun tur ingkang santosa, makaten malih karana kanggé rumeksa bangsa-bangsa ingkang taksih wanan, sampun ngantos nglangkahi tapel watesipun. Kadosta: sang prabu Darius nelukaken bangsa-bangsa ingkang taksih biadhab ing tanah pareden ing laladan Saganten Cemeng lan Armeniah, sarta ngelar jajahanipun kerajan Persi dumugi ing Caucasus. Makaten ugi anggènipun sang prabu merangi bangsa Sacae lan bangsa Turani sanès-sanèsipun, punika ugi mengku maksud kados makaten wau.” Pethikan punika anyebutaken, bilih sang prabu Darius punika dados pandhèrèk ingkang setya dhateng agaminipun sang Zoroaster ingkang sajati, neluk-nelukaken bangsa ingkang taksih biadab ing tapel wates, yasa tapel wates ingkang saking kudrat (natural frontiers) kanggé ambètèngi kerajanipun, sarta merangi bangsa Sacae. Punika mratandhani, bilih inggih panjenenganipun punika Dhu-l-qarnain ingkang kasebut ing dalem Quran punika.

1518. Magribu-sy-syams, utawi enggon suruping srengéngé, punika ateges watesing kerajanipun ingkang buntas kilèn, awit mangilèn malih panjenenganipun sampun boten saged, dados tumrap panjenenganipun ing ngriki punika panggènan serapipun surya.

1519. Tembungipun Arab: ingkang wantahipun ateges seganten cemeng. ‘Ainpunika ateges toya kathah sanget, utawi panggènan nglempakipun lan ngembengipim toya (TA-LL). Déné hami’ah tegesipun lempung cemeng (TA-LL). Déné panggènan punika boten sanès kajawi Seganten Cemeng ingkang dipun karsakaken, awit tanah Armeniah makaten kelebet laladanipun kerajan Persi, Seganten Cemeng dados watesipun kerajan ingkang sisih lèr-kilèn.

Ut. watesbuntas kulon

Page 65: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 18 Ingkang asingat kalih 819

tinemu ana sawijining bangsa. Ingsun ngandika: É, Dhu-l-qarnain, iku padha sira patrapana utawa sira gawéa becik.

87 Unjuké: Sinten ingkang atin-dak dédé inggih badhé kawula patrapi; tumunten badhé winang-sulaken dhateng Pangéranipun, lajeng Panjenenganipun amatrapi piyambakipun mawi patrapan ing-kang awrat:

88 Wondéné ingkang angèstu saha alampah saé, punika badhé angsal pituwas ingkang saé; lan Ingsun bakal aparing pangandika marang dhèwèké arupa paréntah-Ingsun kang gampang.1520

89 Tumuli dhèwèké nurut dada-lan (liyané).

90 Nganti, nalikané dhèwèké tumeka enggon mlethèking srengé-ngé, iki tinemu munggah angung-kuli sawijining bangsa, kang ora Ingsun paringi éyub-éyub minang-ka panulaké iki;1521

1520. Rèhning panjenenganipun punika pandhèrèkipun ingkang setya sang Zoroaster, nabinipun bangsa Persi ingkang misuwur punika, mila ingkang cepak panjenenganipun inggih ajak-ajak titiyang golongan punika, ngrungkebi agami kados ingkang dipun rungkebi déning panjenenganipun.

1521. Lalana ambal kaping tiga ingkang kapangandikakaken ing ngriki, punika sajakipun katindakaken déning sang prabu kanthi maksud nyantosakaken tapelwatesing kerajan. Ingkang wigatos piyambak, nalika lalana dhateng tapelwates ingkang kaprenah wonten ing saantawisipun Saganten Kaspi lan Saganten Cemeng; lah ing ngriku redi Caucasus saged dados bebètèng asli saking kudrat kanggé nulak panyerangipun bangsa Scythiah. Ingkang rumiyin sang prabu Darius tindak lalana mangilèn dhateng Saganten Cemeng, lajeng mangètan, sarta ingkang wekasan piyambak mangalèr dhateng redi Caucasus. Dhawuh katrangan ingkang mangandikakaken bangsa ingkang dudunung ing ngriki, bangsa ingkang boten gadhah aling-aling (utawi eyub-eyub) saking bentering surya, punika minangka katrangan gagambaranipun bangsa asli ingkang taksih wanan ingkang pinanggih wonten ing pasisiring seganten Kaspi. En. Br. nyebutaken wonten ing bab Media makaten “Nama-nama ingkang kasebut wonten seratan ing séla (inscription) bangsa Assyriah, punika ambuktèkaken, bilih bangsa-bangsa ing Zagros saha ing tanah Media sisih lèr, punika sanès bangsa Iran lan sanès bangsa Indo-Eropah, nanging bangsa asli, kados déné bangsa ingkang dudunung ing Armeniah jaman kina; ambokmanawi kémawon taksih wonten sasambetanipun kaliyan bangsa warni-warni ing Caucasus. Dangu-dangu pengaruh Iran menang, kadosta kala-kadhing nama-namanipun tiyang dharah luhur Iran

Ut. katon

Page 66: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Guwa Juz XVI 820

91 Kaya mangkono iku! lan sayekti (kawruh-)Ingsun anglimputi apa kang ana ing dhèwèké.

92 Tumuli dhèwèké nurut dada-lan (liyané).

93 Nganti, nalikané dhèwèké tumeka ing (panggonan) saantara-né gunung loro, tinemu ing sisih kanané (gunung) loro iku ana sawijining bangsa, kang mèh-mèh ora ngerti caturan.1522

94 Dhèwèké padha matur: Dhuh, Dhu-l-qurnain! Saèstu Ya’juja lan Ma’juja punika sami adamel wisu-na ing bumi. Lah punapa kula sami ambayar béya (kémawon) dhateng panjenengan, kalayan janji, panje-nengan angyasani papager anta-wisipun kula kaliyan piyambak-ipun.1523

kasebutaken dados ratunipun bangsa-bangsa punika. Nanging bangsa Gelae, Tapuri, Cadusiy, Amardi, Utii, tuwin bangsa sanès-sanèsipun ing Media sisih lèr tuwin ing pasisiring seganten Kaspi, punika sanès bangsa Iran.

1522. Redi kakalih punika redi ing Armeniah lan ing Azarbaijan. Titiyang ingkang dudunung ing ngriku sami gadhah basa piyambak, boten mengertos basa Iran.

1523. Ayat punika maringi dhateng kula sami masalah ingkang sakalangkung déning wigatos, inggih punika Ya’juj lan Ma’juj punika sinten. Ya’juj lan Ma’juj ingkang kasebutaken ing Bébel boten patosa gumathok. Ing Purwaning Dumados 10: 2 tuwin ing Serat Babad ingkang kapisan 1: 5, “Magog (Ma’juj) punika kasebutaken anakipun jaler Yafet ingkang angka kalih, antawisipun Gomer kaliyan Madai. Gomer ngibarati Cimmerian, déné Madai Medes. Magog (Ma’juj;) punika mesthi satunggaling bangsa ingkang dudunung ing sawetanipun Cimmerian lan sakilènipun Medes. Nanging wonten ing cathetan nama-namanipun bangsa-bangsa ing Purwaning Dumados 10, tembungipun sajak namung nyebutaken bangsa mawarni-warni ingkang taksih wanan, ingkang sami dudunung wonten ing panggènan buntas lèr lan lèr wètan ingkang sampun kasumerepan déning surating Bébel wau ......... Ing Ezek 38: 2 kasebutaken Ma’juj (Magog) punika namanipun satunggaling nagari. Ing Ezek 39: 6 kasebutaken Ma’juj namanipun bangsa ing tanah lèr, panuntunipun namanipun Gog (Ya’juj)” (Yewish En., Art. “Gog and Magog”). “Yosephus mastani Ya’juj punika bangsa Scythiah, ingkang wonten ing antawisipun para pengarang klasik kanggé namakaken bangsa mawarni-warni ingkang taksih kesit lan dèrèng kasumerepan. Miturut Yerome, Magog punika kaprenah wonten ing sisih ngrikanipun Kaukasus ing Sacelakipun Seganten Kaspi” (Yewish En.). En. Br. mastani, pengadatan ingkang anetepaken, bilih Ya’juj lan Ma’juj punika bangsa Scythiah, punika “kados wonten leresipun.” Pamanggihipun Yosephus lan Yerome ingkang sami amastani, bilih Ya’juji lan Ma’juj punika bangsa Scythiah, déning En. Br.winastan kados wonten leresipun. Salajengipun En. Br. anerangaken, bilih: “pamanggih ingkang kados wonten leresipun punika, limrah dipun anggé ing ngakathah.” Namung, kémawon En. Br. ugi anerangaken, bilih tembung wau ugi saged dipun anggé namakaken “sadhéngah utawi sarupining bangsa ing tanah lèr ingkang mawarni-warni punika, nanging ingkang saweg sabagéan kémawon

Ar. anta-wisipun piyambak-ipun

Page 67: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 18 Ingkang asingat kalih 821

ingkang kasumerepan. Pambudidaya badhé anetepaken panggènanipun Magog ingkang langkung gumathok, namung saged katindakaken sacara groboh.”

Nanging para pangarang ingkang kasebut wau sadaya, boten sami migatosaken ungelipun Ezek. 38: 2 ingkang makaten: “Gog (Ya’juj), ing tanahé Magog (Ma’juj), ratu ing Rasy ian Meshekh tuwin Tubal.” Tubal tuwin Meshekh, punika kénging winastan mèh ajeg dipun sebutaken sasarengan. Sinten Tubal lan Meshekh punika, rekaos sanget dipun patitisaken, saking rekaosipun, ngantos wonten satunggaling tukang nitipriksa Bébel ingkang sampun misuwur, mastani nama-namanipun sawenèh bangsa ing Palestina Kidul. Nanging punika cengkah kaliyan pamanggihipun para pengarang kina kados déné Yosephus, ingkang amastani Ma’juj punika wonten ing salèripun Kaukasus. Mangka manawi kita mangalèr saèstu, ing salèring Caucasus, kita taksih saged nyipati wontenipun lèpèn kakalih ingkang namanipun Tobal lan Moskoa. Lèpèn Moskoa punika kaprenah wonten ing kitha Moscow kina, lèpèn Tobal wonten ing kitha Tobolsk énggal. Ambokmanawi kémawon sampun kénging katamtokaken, bilih namanipun lèpèn kakalih punika asli saking bangsa kakalih ingkang kasebutaken ing Ezek. 38: 2 wau, inggih punika Tubal lan Meshekh, lajeng kanggé namakaken kitha kakalih ingkang kasebut ing nginggil, dados nglastantunaken namanipun bangsa kakalih wau. Pamanggih punika cocog kaliyan pamanggihipun Yosephus, ingkang amastani Magog punika bangsa Scythiah, awit pinanggih-ipun wonten ing serat-serat klasik, Scythiah punika limrahipun ateges sadhéngah panggènan ing salèripun lan ing salèr wètanipun Saganten Cemeng; déné tiyang Scythiah, punika sadhéngah tiyang wanan ingkang aslinipun saking panggènan ngriku.”

Dados nitik katerangan ingkang kasetut ing nginggil wau, kados sampun terang, bilih nama Magog (Ma’juj) punika ateges bangsa alit-alit ingkang dudunung ing laladan ing salèripun tuwin ing salèr wètanipun Saganten Cemeng, inggih punika bangsa alit-alit ingkang “direct” utawi “indirect” nyukani nama kitha Tobolsk lan Moscow.

Wonten saprakawis malih ingkang pantes karembag, inggih punika reca ageng gambaripun Gog lan Magog (Ya’juj lan Ma’juj) ingkang wonten ing Guildhall, ing kitha London. En. Br. nerangaken: Misuwuripun, reca-reca, saminipun ingkang wonten ing London ing samangké punika, sampun nalika jamanipun sang nata Henry V.” Tuwan Geoffrey of Monmouth nerangaken bab punika, makaten: “Gaemot utawi Gaemagot (kelanturipun tembung Gog lan Magog, utawi aslinipun tembung Gog lan Magog), punika satunggaling raseksa, ingkang kaliyan sadhèrèkipun jaler nama Gorineus, atindak sawenang-wenang wonten ing nagari Inggris poncot kilèn, ngantos dumugining dipun pejahi déning titiyang monca nagari ingkang angrabasa mriku.” (En. Br., Art. “Gog and Magog”). Saèstunipun, badhé anerangaken sasambetanipun antawising bangsa ingkang mawarni-warni ing jaman kina, ingkang kalayan sawatawis trep, punika angèl sanget. Suprandéné, ing nagari Inggris wonten reca gambaripun Gog lan Magog (Ya’juj lan Ma’juj), mangka manut panlitipriksa wontenipun sampun wiwit ing jaman kina tumrap babadipun bangsa Inggris, punika lajeng nuwuhaken panginten-inten, bilih bangsa Angles utawi bangsa Saxons, punika nalika ing jaman kina wonten sasambetanipun kaliyan bangsa Scythiah utawi bangsa alit-alit sanèsipun, ingkang sami gesang wonten ing salèripun Kaukasus utawi Saganten Cemeng. Sasambetanipun bangsa ingkang mawarni-warni ing jaman kinaning makina, punika sakalangkung ruwet, sanès papanipun karembag wonten ing ngriki. Éwadéné kados boten wonten awonipun dipun pèngeti, bilih bangsa Goth, ingkang kaanggep golonganipun bangsa Teutonia ingkang sami manggèn ing panggènan ingkang kapéring wétan piyambak, punika kacariyos inggih naté ngumbara dhateng tanah Scythiah (En. Br. “Goths”). Punika nedahaken, bilih, antawisipun bangsa kakalih wau wonten sasambetanipun. Lan malih, “tiyang Batharnae ingkang nalika abad ingkang kaping tiga ing sadèrèngipun miyos Kanjeng Nabi ‘Isa angrabasa lan dudunung wonten ing talatah ingkang kaprenah ing saantawisipun paredèn Karpathen kaliyan Saganten Cemeng, punika déning para pangarang ing jaman kina kacariyosaken, bilih asli Teutonic, sanajan ta bangsa wau lajeng sami sesémahan kaliyan bangsa asli ing ngriku” (En. Br., “Teutonic Peoples”).

Sapunika nyandhak rembag lajengipun, inggih punika pratélan ingkang mangandikakaken, bilih bangsa-bangsa ing panggènan saantawisipun Azerbaijan lan pareden Armeniah, ingkang dipun uningani déning sang prabu Darius, tansah dipun ganggu-damel déning tatangganipun ing lèr, inggih punika bangsa Scythiah. Babad aneksèni ing kayektèning dhawuh pratélan punika. Bangsa Scythiah, utawi miturut sawenèh pengarang, bangsa Sacae, pancèn tansah angganggu-damel tanah Asia. Miturut Herodotus, titiyang Scythiah naté maréntah tanah Media ngantos wolulikur taun laminipun (En. Br.,Art. “Scythia”). “Nalika watawis 512 (sadèrèngipun miyos Kanjeng Nabi ‘Isa. pen), prabu Darius merangi bangsa Scythiah ...... Maksudipun peperangan punika, ingkang cepak namung perlu badhé

Page 68: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Guwa Juz XVI 822

95 Calathuné: Barang kang kate-tepaké déning Pangéranku tumrap ing aku, iku luwih becik; mulané aku bantonana baé kalawan kaku-watan, aku bakal ngyasani papager kukuh ing antarané kowé karo dhèwèké.

96 Padha ngusungana wesi balè-bèkan mréné;1524 nganti, bareng enggon saantaraning lambungé gunung loro iku wis dikebaki,dhèwèké calathu: Padha ububana; nganti, bareng iku wis didadèkaké (kaya) geni, dhèwèké calathu: Padha ngusungana tembaga luluh mréné, mengko dakcorné mrono.

97 Mulané dhèwèké padha ora bisa angunggahi iku sarta padha ora bisa ambobol.

nempuh bangsa Turania ingkang taksih ngulandhara ing sisih wingkingipun, dados mengku kajeng badhé adamel tata-tentreming tapel watesipun kerajan ingkang sisih lèr” (En. Br., Art. “Darius”). Ukara ingkang kula serat miring ing nginggil punika, anedahaken, bilih sang prabu Darius ambudidaya ing sakatog-katogipun badhé adamel tata-tentreming tapel watesing prajanipun ingkang sisih lèr; lah ing ngriku redi Kaukasus, ingkang sisih kiwa lan tengenipun tepang wates kaliyan Saganten Cemeng lan Saganten Kaspi, punika saged dados bebètèng ingkang saking kudrat.

Papager ingkang kasebutaken ing ayat punika, sarta ingkang katerangaken ing dalem ayat sambetipun, punika tèmbok ing Derbent ingkang misuwur punika (Art. Darband). Bab cacriyosanipun tèmbok punika, katerangaken déning titiyang lslam ahli kawruh ngélmu bumi tuwin ahli kawruh babad, upaminipun kémawon, ing kitab Marasidu-l-Ittila’ tuwin Ibnu-l-Faqih. Namung katerangan ing wingking punika, kapethik saking Encyclopaedia Britannica, murih langkung maremaken: “Derbent utawi Darband, punika salah satunggaling kithanipun nagari Persi, inggih punika ing Kaukasia, bawah Provincie Daghestan, ing pasisiring saganten Kaspi ingkang sisih kilèn. Punika dumunung wonten ing pasitèn ingkang boten sapintena wiyaripun wonten ing sapinggiring saganten, ingkang saking ngriku lajeng manginggil urut tepining jujurang terus dhateng dharatan. Wonten ing sisih kidul dununging poncotipun témbok Kaukasus ingkang ngener dhateng saganten (50 mil panjangipun), ingkang ugi misuwur sinebut “Tèmboké Alexander” ingkang mèpèti margi ing sela-selaning redi (pass) ingkang winastan “Gapura Wesi” utawi “Gapura Kaspi” (Portus Albanae, utawi Portus Caspae). Punika nalika taksih wetah, ngantos 29 pecak (kaki) inggilipun, kandelipun ngantos 10 pecak (kaki). Tèmbok punika manawi dalah gapuranipun tosan sarta menaranipun-pajagèn ingkang kathah punika, dados bebètèngipun tapel wates Persi ingkang sakalangkung ageng aosipun.” (Ukara ingkang kantun piyambak, punika kula ingkang andhoyongaken aksaranipun. Mirsanana tafsir candhakipun punika). Nama “Témboké Alexander” ingkang boten leres, punika ambokmanawi kémawon tuwuh awit saking lepatipun para ahli babad Muslimin ingkang sami gadhah panginten, bilih Dhulqarnain punika Maharaja Iskandhar (Alexander).

1524. Tosan blèbèkan punika dipun betahaken kanggé ngyasani gapura tosan ing tèmbok wau, kateranganipun kula aturi mirsani wekasaning katerangan ingkang sampun kasebut ing nginggil.

Ar. diram-pak

Ut. kanca bau suku Ar. anta-rané dhè-wèké

Page 69: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 18 Bangsa Nasrani 823

98 Dhèwèké calathu: Iki wilasa saka Pangéranku, ananging sa-mangsa janjining Pangéranku wis tumeka, Panjenengané bakal anda-dèkaké iki rata karo lemah, sarta janjining Pangéranku iki masthi nyata.

99 Lan ing dina iku dhèwèké kang sapérangan Ingsun togaké perang karo pérangan liyané, sarta slomprèt bakal tumiyup; tumuli dhèwèké padha Ingsun impun kabèh;1525

100 Lan ing dina iku Ingsun angatonaké naraka, dipitontonaké, marang para kafir.

101 Para sing mripaté padha katutup saka Pépélingé-Ingsun, sarta ora padha bisa ngrungu.

RUKU’ 12

Bangsa Nasrani

102 Apa para kang padha kafir padha ngira manawa bisa ngalap kawula-Ningsun minangka panga-yoman sabda-Ningsun? Sayekti Ingsun anyadiyakaké naraka mi-nangka panggonan tumrap para kafir.1526

1525. Sajakipun ingkang kasasmitakaken wonten ing ngriki punika sawenèh peperangan ageng antawisipun bangsa-bangsa, sarta terang sampun boten wonten semang-semangipun malih, bilih ingkang dipun karsakaken ing dhawuh punika, babaya ageng bangsanipun ingkang kasebutaken ing kitab Injil, ingkang ungelipun makaten: “Déné bakal ana pating pathènthènging bangsa mumungsuhan padha bangsa, lan karaton mumungsuhan padha karaton, sarta ing saenggon-enggon bakal ana pahilan lan pageblug tuwin lindhu. Ananging lalakon iku dumadi wiwitaning sangsara” (Mat. 24: 7, 8).

1526. Dhawuh punika anedahaken, bilih ingkang dipun karsakaken ing ngriki punika titiyang Nasrani, awit inggih para titiyang wau contonipun ingkang melok tiyang ingkang nganggep kawulaning Allah kaanggep dados pangéran. Langkung-langkung, miturut satunggaling hadits pangandikanipun Kanjeng Nabi Suci (ingkang kasebut ing sahih-Muslim), sadasa ayatipun surat punika ingkang wekasan, punika dados pangreksa saking piawonipun Dajjal; lah punika anedahaken bilih ayat-ayat wau isi piwulang ingkang kénging kanggé panawaring wisanipun piwulanging agami Nasrani ingkang sasar.

Page 70: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Guwa Juz XVI 824

103 Calathua: Apa kowé padha gelem dakwartani prakara wong kang luwih déning kapitunan ing dalem panggawé(-né)?

104 Yaiku para kang sasar lakuné ing dalem kauripan donya sarta padha rumasa, yèn awaké iku wegig ing dalem gagawéan.1527

105 Yaiku para kang padha angafiri ing timbalan-timbalan Pangérané sarta sapatemon-É; mu-lané panggawé-panggawéné lebur, sarta ing dina kiyamat Ingsun ora bakal angedegaké traju tumrap dhèwèké.a1528

106 Iya mangkono iku pituwasé naraka, amarga saka anggoné padha angafiri sarta anggoné anganggep guguyon timbalan-timbalan-Ingsun sarta para utusan-Ingsun.

107 Sayekti, para kang padha angèstu sarta anglakoni panggawé becik, iku bakal padha olèh pon-dhokan patamanan Firdaus.

108 Padha manggon ing kono, sarta ora bakal padha kapéngin ngalih saka ing kono.

1527. Lah punika gambaripun ingkang cetha sikepipun bangsa-bangsa ingkang sampun majeng ing jaman samangké, dhateng prakawis ingkang kabetahaken tumrap budipakertinipun saha ruhaninipun. Sadaya mobah-mosikipun, muhung kanggé gesang kadonyan punika, sakedhik kémawon boten para titiyang wau sami manah dhateng gesang sasampuning pejah; kalangkunganipun namung satunggal thil, inggih punika: sakalangkung wegig dadamelaning tangan-tanganipun.

1528. Pandamel awon, punika wonten ing ngarsanipun Allah atanpa aji. Nanging tumrap ingkang sami nindakaken pandamel awon wau badhé awon. Milanipun tumrap para ingkang boten nindakaken pandamel saé, mesthi boten badhé gadhah “traju ingkang dipun jejegaken tumrap piyambakipun. Pandamel lebur, punika ateges, bilih pandamel wau boten badhé ngangsalaken kasaénan wonten ing gesang ing tembé. Panyrempengipun namung muhung dhateng donya punika, samukawis ingkang mangka wohing panyarempengipun, nadyan kados punapa kémawon wujudipun, sampun sami kapethik wonten ing gesang sapunika punika.

Ar. mulané

a. 859

Page 71: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 18 Bangsa Nasrani 825

109 Calathua: Saupama sagara iku minangka mangsi tumrap sab-daning Pangéranku, amasthi entèk sagara iku ing sadurungé entèk sabda Pangéranku, sanajan ta Ingsun anekakna samono manèh minangka wuwuhan.1529

110 Calathua: Aku iki mung manusa baé papadhamu; (sabda) winedharaké marang aku, yèn Pangéranmu iku Pangéran kang sawiji; mulané sapa sing kepéngin katemu Pangérané, lah anglako-nana panggawé becik, sarta aja anyakuthokaké sawiji-wiji kalawan pangabdiné ing Pangérané.

1529. Para ingkang sami anggadhahi panginten, bilih Kitab Quran biyantu ngleresaken pangandel bab kapangérananipun Kanjeng Nabi ‘Isa, dupèh Kitab Quran amastani panjenenganipun kalimahipunAllah utawi sabdanipun Allah, amèngetana ayat punika ingkang kalayan mligi. Lah ing ngriki kapangandikakaken, bilih sabdaning Allah punika kathah sanget, ngantos boten saged dipun serati. Dados, manut basanipun Quran Suci, sarupining titahipun Pangéran, punika winastan kalimah utawi sabdanipun Allah. Kula aturi mirsani ugi 1956.

___________

Page 72: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

SURAT 19

MARYAM

(Siti Maryam)

KADHAWUHAKEN ING MAKKAH

(6 ruku’, 98 ayat)

Pathinipun:

Ruku’ 1. Kanjeng Nabi Zakariya lan Kanjeng Nabi Yahya. Ruku’ 2. Siti Maryam lan Kanjeng Nabi ‘Isa. Ruku’ 3. Kanjeng Nabi Ibrahim. Ruku’ 4. Para nabi sanèsipun. Ruku’ 5. Para milawani dipun punapakaken. Ruku’ 6. Piwulang palsu bab Allah puputra.

Nama lan sasambetanipun

Babantahan kaliyan agami Nasrani taksih kalajengaken wonten ing surat punika, déné namanipun surat punika mirid saking asmanipun ingkang ibu Kanjeng Nabi ‘Isa, Maryam; kawontenan ingkang gagandhèngan kaliyan anggènipun miyosaken Kanjeng Nabi ‘Isa dipun andharaken wonten ing surat punika. Nanging rèhning surat ingkang sampun punika anggènipun mangandikakaken lalampahanipun agami Nasrani langkung panjang katimbang anggènipun mangandikakaken piwulangipun, mila surat punika radi kathah anggènipun ngrembag palsunipun i’tikad(-pangandel)-ipun agami Nasrani, ingkang déning surat punika katerangaken manawi punika piwulang damel-damelan anyar, ingkang cecengkahan sanget kaliyan piwulangipun sadaya nabi.

Bab ingkang karembag

Kalih ruku’ ingkang wiwitan mangandikakaken nabi ingkang wekasan piyambak wonten ing antawisipun trah Israil, inggih punika Kanjeng Nabi Yahya lan Kanjeng Nabi ‘Isa. Piwulang palsu ingkang tuwuh mawi atas asmanipun Kanjeng Nabi ‘Isa, dipun lepataken kalayan cetha wonten ing wekasaning ruku’ ingkang kaping kalih; lalampahanipun Kanjeng Nabi Ibrahim wonten ing ruku’ ingkang kaping tiga, lan lalampahanipun para nabi sanèsipun sawatawis wonten ing ruku’ ingkang kaping sakawan, kasebutaken minangka kanggé anedahaken bilih Allah tansah angutus manusa, kajumenengaken nabi-Nipun, kadhawuhaken ambangun jagad. Ngajengaken wekasaning ruku’ ingkang kaping sakawan kasebutaken bilih pangandel thok, tanpa sinartan ing pandamel saé utawi katulusan, punika atanpa gina, tiyang boten angsal paédahipun kajawi manawi pangandel wau ngantos maujud dumugi ing tindak. Ruku’ ingkang kaping gangsal mangandikakaken mengsah-mengsahipun para nabi ing saumumipun, déné ruku’ ingkang kaping nenem mungkasi rembag bab agami Nasrani, sarana andumuk kalayan barès kurès lepatipun piwulang palsu bab Kanjeng Nabi ‘Isa kaanggep putraning Allah.

Titimangsa tumurunipun

Sampun yakin bilih péranganipun surat punika ingkang wigatos piyambak, inggih punika ingkang ngandharaken lalampahanipun Siti Maryam lan Kanjeng Nabi ‘Isa, punika katurunaken wonten ing Makkah jaman wiwitan, kinten-kinten ing kiwatengenipun taun ingkang kaping gangsal sasampunipun Kanjeng Nabi jumeneng utusan. Tandhanipun, pérangan wau sampun kuwaos déning sahabat Ja’far,

Page 73: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 19 Nabi Zakaria lan Yahya 827

RUKU’ 1

Nabi Zakariya lan Yahya

Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, Ingkang-Mahaasih.

1 Anyekapi (Tuwan punika) minangka Panuntun, dhuh Ingkang-Mahawikan, Ingkang-Mahayakti.1530

2 Anyebutaké wilasané Pangéra-nira marang kawula-Né, Zakariya,

sesepuhipun bregada Muslimin ingkang wiwitan hijrah dhateng Habasyah, wonten ing ngarsanipun sang nata Habasyah ingkang nganggé agami Nasrani, nalika utusanipun para titiyang Quraisy ngojok-ojoki sang prabu supados nundhung para Muslimin ingkang ngungsi wau. Lalampahan punika boten saged yèn ta kalampahanipun punika nalika sapengkeripun taun ingkang kaping nem ing sasampunipun Kanjeng Nabi dados utusan, jalaran kalampahanipun hijrah wau nalika taun ingkang kaping gangsal, sarta nalika titiyang Muslimin wau angsal pangayoman wonten ing nagari ngamonca, titiyang Quraisy saya bentèr manahipun, mila sanalika lajeng ngintunaken utusan sowan dhateng sang nata Negus, kalayan sedya badhé ngawon-awon agaminipun titiyang Muslimin. Nitik punika, cetha bilih sampun wiwit ing jaman wiwitan mila, Quran medharaken panganggepipun babagan agami Nasrani, kalayan sanget anggènipun nglepataken piwulangipun ingkang mangka tatales: Dhèwèké padha calathu: Ingkang-Mahamurah iku angalap putra: sayekti temen sira iku angucapaké tembung kang anjejemberi: mèh baé langit-langit bedhah lan bumi sigar tuwin gunung-gunung jugrug remuk (ayat 88, 90). Pethikan dhawuh punika sampun cekap kanggé mangsuli panyukartanipun para juru-kritik Nasrani dhateng agami Islam ingkang sampun umum, inggih punika andakwa bilih sikepipun Kanjeng Nabi dhateng agami Nasrani ing pawingkingipun éwah. Boten prabéda lan anggènipun ngalembana Quran dhateng katulusanipun umat-umat, kalayan tanpa ngèngèh-ngèngèh, lah makaten ugi anggènipun andumuk wiwit-wiwitan dumugi wekasan tetep, boten éwah-éwah. Surat punika isi pèngetan bab agami Nasrani ingkang rumiyin piyambak, wujudipun boten woten bédanipun kaliyan ingkang kasebut won-ten ing dhawuh ingkang tumurun ing jaman akhir (minangka conto kadosta surat ingkang kaping 5).

___________

1530. Radi wonten bènèhipun sakedhik anggèn kula nerangaken aksara ingkang mangka pangringkesing tembung ingkang pinanggih wonten ing wiwitanipun surat punika, kaliyan adat sabenipun. Kacariyos bilih satunggal-satunggalipun aksara punika, mengku teges salah satunggaling asmanipun Pangéran. Kâf, punika ringkesanipun tembung kâfi, jawinipun: anyekapi; hâ, hâdi, jawinipun: Panuntun; yâ, jawinipun: Dhat ingkang kawasanipun angungkuli sadaya panguwaos; ‘ain, ‘Alîm, jawinipun: Mahawikan lan shâd, Shâdiq, jawinipun: Mahayakti (JB, Kf, Rz). Anggèn kula negesi aksara yâ, radi wonten bènèhipun, inggih punika kula tegesi kadi déné aksara panguwuh, jawinipun: dhuh, inggih punika teges ingkang dipun rujuki déning para ngulami kanggé negesi aksara wau ingkang kasebut wonten ing wiwitanipun surat ingkang kaping 36. Saking pamanggih kula, ingkang makaten punika langkung prayogi, awit limrahipun aksara ingkang mangka pangringkesing tembung satunggal, punika wonten ing sagemblenging Quran Suci, mesthi kanggé pangringkesing tembung satunggal. Dados, aksara warni gangsal wau ateges Anyekapi Tuwan punika minangka Panuntun, dhuh Ingkang-Mahawikan, Ingkang-Mahayakti. Saben aksara satunggal, kanggé pangringkesing tembung satunggal.

Page 74: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Siti Maryam Juz XVI 828

3 Nalika dhèwèké anguwuh Pangérané kalawan swara lirih.

4 Unjuké: Pangéran kawula! Saèstu babalung kawula sampun ringkih saha sirah kawula uwan-ipun sampun mabluk, punapa déné, dhuh Pangéran kawula, dèrèng naté panyuwun kawula ing Tuwan muspra:

5 Saha saèstu kawula kuwatos dhateng kulawarga kawula ing sa-pengker kawula, punapa déné èstri kawula punika gabug; milanipun mugi Tuwan aparing ahli waris saking ngarsa Tuwan dhateng kawula,1531

6 Ingkang badhé amaris kawula saha amaris darahing Ya’qub, punapa déné, Pangéran kawula, mugi piyambakipun Tuwan dados-aken tiyang ingkang andadosaken pirena Tuwan.1532

7 O, Zakariya, sayekti Ingsun aparing warta bubungah marang sira yaiku anak lanang, jenengé Yahya; ing sadurungé iku Ingsun ora andadèkaké wong kang ma-dhani dhèwèké.1533

1531. Kakuwatosanipun Kanjeng Nabi Zakariya punika tuwuh margi saking kulawarganipun wau sami boten tulus gesangipun, awit saking punika panjenenganipun kuwatos, bokbilih ing sapengkeripun boten wonten ingkang nuntun umat dhateng margining katulusan.

1532. Warisan saking dharahing Ya’qub, punika warisan nugruhaning Pangéran kenabian, ingkang sampun kajanjèkaken dhateng dharahing Ya’qub.

1533. Samî punika ateges tatandhinganipun utawi mengsahipun onjon-onjonan kamulyan utawi kaluhuran (TA-LL); milanipun ugi ateges babagipun, utawi saminipun (S, M, Q, TA-LL). Tembung samî punika ugi kasebutaken malih wonten ing surat punika, ing ayat angka 65, sarta ugi mengku teges saminipun teges ing nginggil, dados boten ateges nunggil nami, awit ing ngriku ingkang kapangandikakaken bab Gusti Allah. Mesthi kémawon, dhawuh wau boten ateges, bilih tiyang ingkang kados Kanjeng Nabi Yahya utawi ingkang sababag kaliyan panjenenganipun, dèrèng naté katitahaken wonten ing ngalam donya punika (nadyan manut Mat. 11: 11 Kanjeng Nabi ‘Isa sajak kagungan panganggep ingkang makaten wau, awit panjenenganipun ngandika: “Sanyata pituturku ing kowé: panunggalané kang padha lahir saka ing wadon, ora ana kang ngaton angungkuli marang Yuhanan Pambabtis”). Déné tegesipun, tiyang ingkang kados panjenenganipun, punika dèrèng naté wonten,

Page 75: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 19 Nabi Zakaria lan Yahya 829

8 Dhèwèké munjuk: Pangéran kawula! kados pundi anggèn ka-wula badhé gadhah anak jaler,amangka èstri kawula-gabug saha saèstu kawula piyambak sampun dumugi tataran sangeting sepuh?

9 Panjenengané angandika: Iya kaya mangkono iku; Pangéranira angandika: iku ingatasé Ingsun gampang, lan sayekti, sadurungé iki Ingsun wus anitahaké sira nalika sira durung ana.

10 Unjuké: Pangéran kawula! mugi Tuwan aparing tandha ing kawula. Pangandikané: Tandhanira yaiku aja sira acalathu marang manusa telung wengi, tur sajroné (sira) bagas kawarasan.1534

11 Tumuli dhèwèké metu saka ing pasujudané marang kaumé, banjur amedharaké marang dhè-wèké, yèn dhèwèké kudu padha Mahasucèkaké (ing Allah) ésuk lan soré.

wonten ing antawising kulawarganipun Kanjeng Nabi Zakariya, awit kados déné ingkang kasebut ing ayat nginggilipun, ingkang dipun kuwatosaken déning Kanjeng Nabi Zakariya, kados unjukipun dhateng Pangéran wau, kulawarganipun piyambak. Awit saking punika panjenenganipun kaparingan panglipur, bilih putra kakung ingkang kajanjèkaken wau boten badhé kados warganing kulawarga sanès-sanèsipun ingkang dipun kuwatosaken wau. Utawi saged ugi tegesipun punika, tiyang ingkang kados panjenenganipun dèrèng naté wonten ing nalika jaman wau.

1534. Tembung lail, dalu, punika dipun tegesi kalebet ugi rinanipun, boten prabéda kados déné yaum, utawi dinten, punika kalebet ugi dalunipun. Langkung-langkung, ing 3: 40 nyebutaken tigang dinten, dados manawi makaten nedahaken bilih ingkang dipun karsakaken punika tigang dinten tigang dalu. Perlu ugi dipun pèngeti, bilih Quran boten tumut-tumut amastani bilih Kanjeng Nabi Zakariya dados bisu. Sawiyya punika tegesipun bagas kasarasan, déné anggènipun Quran anerangaken kalayan cetha, Kanjeng Nabi Zakariya kadhawuhan boten ngandikan nadyan bagas kasarasan, punika sajakipun mengku karsa ambantah cacriyosanipun Bébel. Lah ing ngriki ingkang leres Quran; ingkang nyerat Injil terang radi kalèntu ing panampi, awit sanalika dados bisu, punika rak boten wonten sambetipun kaliyan prakawis badhé kaparingan momongan putra. Miturut Quran Suci maksudipun ambisu (boten ngandikan kaliyan terang) punika supados muhung nyunyuwun dhateng Pangéran, lah inggih awit saking punika mila Kanjeng Nabi Zakariya dhawuh dhateng kaumipun supados sami mahasucèkaken Pangéran. Déné tandha wau kaparingaken dhateng panjenenganipun, minangka dhawuh wangsulaning unjukipun: Kados pundi anggèn kula gadhah anak? Suraosipun, manawi panjenenganipun ambisu tigang dinten tigang dalu, sarta muhung namung mahasucèkaken Pangéran kémawon ing salebetipun wekdal wau, garwanipun masthi badhé anggarbini. Kula aturi mirsani ugi 420.

Ut. bénjing punapa a. 419 Ar. lan

Page 76: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Siti Maryam Juz XVI 830

12 O, Yahya, sira cekelana ing kitab kalawan santosa, sarta dhè-wèké wus Ingsun paringi kawicak-sanan dhèk isih bocah mula,

13 Tuwin budi welas saka ngarsa-Ningsun apa déné kasucian, lan dhèwèké iku wong kang ngreksa (dhiriné saka ing ala).

14 Lan manèh ambangun turut marang wong tuwané loro, sarta dhèwèké iku ora gumedhé, (ora) andaga.1535

15 Lan rahayu tumrap marang dhèwèké ing dinané dilairaké lan ing dina matiné tuwin ing dinané tinangèkaké urip.

RUKU’ 2

Maryam sarta Nabi Isa

16 Lan anyebutna Maryam ana ing dalem Kitab, ing nalikané su-mingkir saka kulawargané marang panggonan ing wétan;

17 Banjur anjupuk kukudhung (kanggo ngaling-alingi awaké) saka ing dhèwèké; tumuli Ingsun angu-tus ruh-Ingsun marang dhèwèké sarta amindha wong lanang kang becik ing rupa marang dhè-wèké.1536

1535. Para ingkang mastani, bilih ngemungaken Kanjeng Nabi ‘Isa piyambak ingkang suci ing dosa, punika samia manah saèstu bubudénipun Kanjeng Nabi Yahya ingkang kasebutaken wau sadaya. Kanjeng Nabi Yahya punika suci-mulus lan suci ing dosa tuwin boten naté andaga ing Allah. Wonten ing panggènan pundi kémawon, Kanjeng Nabi ‘Isa boten naté kaalembana langkung saking samanten. Menggah ing sajatos-jatosipun dhawuh pangandika punika anedahaken, bilih cacak sadhéngah nabi, punika mesthi mulus tuwin suci ing dosa saha boten naté andaga ing Allah.

1536. Punika anedahaken, bilih rawuhipun malaikat punika wonten ing dalem luyut, sarta sual-jawabipun kaliyan Siti Maryam, punika kalampahanipun inggih wonten ing dalem luyut. Tembung tamatstsala ingkang kagem wonten ing ngriki punika ngiyataken paham punika, awit tembung tamatstsala makaten ateges mindha-mindha kados rupinipun barang sanès, sarta punika kalampahan

Ut. timba-lan-Ingsun

Page 77: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 19 Siti Maryam lan Kanjeng Nabi ‘Isa 831

18 Calathuné: Saèstu kula angungsi dhateng Ingkang-Maha-murah saking sampéyan, manawi sampéyan punika tiyang ingkang anjagi (dhiri saking awon).

19 Calathuné: “Kula punika nge-mungaken utusanipun Pangéran sampéyan”: Supaya Ingsun ama-ringi anak lanang suci marang sira.1537

20 Calathuné: Kados pundi ang-gèn kawula badhé gadhah anak, awit boten naté wonten tiyang ingkang anggrayang kula,a punapa malih boten naté kula alampah ngiwa?

21 Calathuné: Inggih kados ma-katen punika; Pangéran sampéyan ngandika: Iku ingatasé Ingsun gampang, lan amrih Ingsun andadèkaké dhèwèké dadi tandha tumrap para manusa sarta wilasa saka Ingsun; lan iku prakara kang wus tinamtu.

22 Tumuli Maryam angandheg dhèwèké; banjur sumingkir kala-wan wetengané marang panggonan kang adoh.

wonten ing dalem luyut. Bab prakawis punika inggih terang, nadyan teges limrah ingkang kasebutaken wonten ing margin punika ingkang dipun anggé, awit ruh utawi malaikatipun Allah makaten, ngatingalipun dhateng kawula-Nipun ingkang pinilih, ngemungaken wonten ing dalem luyut, sarta malaikat punika boten saged tiningalan sarana mripat wadhag.

1537. Kedah dipun pèngeti, ing ngriki Kanjeng Nabi ‘Isa punika sinebut gulâm, inggih punika laré,boten kasebut kalimah (sabda) utawi ruh (timbalan), salajengipun piweca badhé wiyosipun Kanjeng Nabi ‘Isa ingkang kaparingaken dhateng Siti Maryam, kasebutaken kalayan jlèntrèh. Ingkang makaten punika anedahaken kalayan terang, bilih tembung kalimah utawi ruh ingkang kasebutaken ing panggènan sanès, punika boten wonten malih tegesipun kajawi namung ateges piweca, déné Kanjeng Nabi ‘Isa punika boten sanès kajawi laré limrah. Dhawuh ingkang mungel: Ingsun amaringi anak lanang suci marang sira, punika ungelipun wahyu, dados ingkang nyabdakaken tetembungan wau Gusti Allah. Iketan ukara kados makaten punika, inggih punika saayat ingkang sapérangan kawarna kadhawuhaken déning malaikat, sapérangan malih kalugokaken sabdanipun Allah, punika ugi kagem wonten ing ayat angka 21; ing ngriku dhawuh ingkang mungel: lan amrih Ingsun andadèkaké dhèwèké dadi tandha, punika sajakipun kaucapaken déning malaikat, nanging sajatosipun punika dhawuhipun Pangéran.

Ar. sarta a. 427

Ar. dhèwèké

Ar. dhèwèké

Page 78: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Siti Maryam Juz XVI 832

23 Banjur anglarani, kepeksa marani wit kurma.1538 calathuné: Dhuh, mbok aku iki mati baé sadurungé iki, sarta dadia barang kang wis ora kocap!1539

24 Tumuli (ana swara) anguwuh dhèwèké saka ing sangisoré: Sampun sampéyan susah, saèstu Pangéran sampéyan sampun angi-lèkaken wangan ing sangandhap sampéyan.

25 Sarta wit kurma punika sam-péyan rog dhateng (panggènan) sampéyan; punika badhé angren-tahaken kurma mateng ingkang seger dhateng sampéyan.

26 Milanipun sampéyan nedha sarta sampéyan ngombé tuwin sampéyan asrep-asrep mripat (sam-péyan); samangsa sampéyan sume-rep satunggaling tiyang lajeng sampéyan wicanteni: Saèstu kula nadar siyam dhateng Ingkang-Mahamurah, milanipun ing dinten punika kula badhé boten wicanten dhateng titiyang.

1538. Punika anedahaken, bilih nalika Siti Maryam ambabaraken Kanjeng Nabi ‘Isa punika wonten ing salebetipun lalampah (wonten ing purug); milanipun toya lan tedha ingkang kasebutaken ing ayat 24 saha ayat 25, punika namung ing sawontenipun kémawon, sakadar ingkang saged dipun panggih déning tiyang ingkang saweg kekésahan. Ayat 22 nyebutaken bilih panjenenganipun tindakan ngantos tebih. Saged ugi anggènipun Siti Maryam murugi wit kurma punika badhé ngupados uwat-uwat nalika nyakiti badhé ambabaraken putra.

1539. Punika anedahaken, bilih nalika Siti Maryam ambabaraken Kanjeng Nabi ‘Isa punika manut kawontenan ing salimrahipun, boten prabéda kaliyan tiyang èstri sanès-sanèsipun manawi nglahiraken jabang bayi. Nalika Siti Maryam nyakiti wau, sakalangkung rekaos milanipun ngantos kawedal pasambatipun ingkang makaten wau. Anggènipun Siti Maryam nyakiti ndadak kasebutaken, punika cetha manawi mengku suraos ingkang anedahaken, bilih ingkang badhé lahir punika laré limrah, dados minangka anduwa ing sadèrèngipun, ing bab kapangérananipun Kanjeng Nabi ‘Isa. Utawi saged ugi punika mengku suraos nyebutaken ungeling Purwaning Dumados 3: 16, kalawan rekasa anggonira bakal duwé anak. Dipun suraosa kados pundi kémawon, inggih punika anedahaken kalayan terang, bilih wiyosipun Kanjeng Nabi ‘Isa punika tanpa sinartan kawontenan ingkang boten ing salimrahipun, sarta anggènipun ingkang ibu ambabaraken panjenenganipun punika sacara limrah, dados anggènipun kabobotaken inggih boten sanès kajawi kados déné adat lampahipun kudrat.

Ar. banget linalèkaké

Page 79: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 19 Siti Maryam lan Kanjeng Nabi ‘Isa 833

27 Banjur, karo dhèwèké, (Mar-yam) tumeka marang kula-wang-sané, dhèwèké ginawa.1540 Padhacalathu: É, Maryam, temen kowé iki wis anglakoni sawijining ba-rang kang élok:1541

1540. Sual-jawab ingkang kasebutaken wonten ing ayat-ayat sambetipun ayat punika, punika sampun saged anélakaken piyambak kanthi cetha, bilih rawuhipun Siti Maryam kaliyan ingkang putra dhateng kaumipun, kados déné ingkang kasebutaken wonten ing ayat punika, punika sampun nalika jaman sasampunipun Kanjeng Nabi ‘lsa kajumenengaken dados nabi, sarta sampun kaparingan wahyuning Pangéran ingkang awujud kitab (awit ing ayat 30 kasebutaken panjenenganipun ngandika manawi sampun kaparingan kitab). Dupèh ayat punika dados candhakipun ayat ingkang mangandikak-aken wiyosipun Kanjeng Nabi ‘lsa, para mufassir lajeng sami anyuraos, bilih kalampahanipun punika nalika Kanjeng Nabi ‘lsa taksih timur (bayi). Nanging dipun èngetana, bilih Quran Suci boten anjlentrèhaken cariyos punika ngantos dumugi riricikanipun pisan. Asring kémawon Quran Suci nglangkungi (boten nyariyosaken) lalampahan warni-warni, manawi boten kakarsakaken kanggé anjangkepi maksud ingkang saweg kadhawuhaken. Minangka tuladha, kula aturi mirsani ayat angka 11 1an 12. Ayat 11 namung nerangaken anggènipun Kanjeng Nabi Zakariya nampèni pawartos bibingah badhé kaparingan putra; ayat 12 andhawuhaken dhateng “anak” wau supados acecepengan Kitab kalayan santosa. Manawi ayat ingkang saweg karembag punika dipun suraos bilih nalika Kanjeng Nabi ‘lsa kabekta déning ingkang ibu dhateng kaumipun punika sami sanalika ing sasampunipun kawiyosaken, lan sasampunipun sami sanalika yuswa tigangdasa tiga taun kanthi dadakan, perlu badhé angundhangaken anggènipun kajumenengaken dados nabi, pancènipun rak inggih nama mantuk ing nalar, manawi ayat 11an 12 wau ugi dipun suraos, bilih nalika Kanjeng Nabi Yahya kawiyosaken punika sampun “dados tiyang,” tiyang sepuh (tur sami sanalika ing sasampunipun piweca kaparingaken). Nalika Kanjeng Nabi ‘Isa ngandika bilih kajumenengaken dados nabi, punika mesthi ing sasampunipun kenyatan saèstu panjenenganipun tinanggenah ing wajib nindakaken pakaryanipun nabi. Sadèrèngipun punika, mesthi botenipun panjenenganipun ngandika kajumenengaken dados nabi. Malih, dhawuh pangandikanipun Kanjeng Nabi ‘Isa dhateng kaumipun kados déné ingkang kasebutaken ing ayat 30 lan 31, punika anedahaken kalayan cetha, bilih panjenenganipun pranyata sampun tinanggenah ing wajib makarya dados nabi. Saya boten mèmper malih manawi kakinten, bilih boten let dangu kaliyan anggènipun Siti Maryam ambabaraken ingkang putra wau, ingkang putra lajeng dipun pamèr-pamèraken dhateng kaumipun. Quran piyambak anyebutaken, inggih punika wonten ing ayat angka 22, bilih ing wekdal wau punika Siti Maryam saweg tindakan dhateng sawenèh panggènan ingkang tebih, dados lalampahan ingkang kacariyosaken wonten ing ngriki, punika boten saged yèn ta kalampahanipun punika sanalika sasampunipun babaran. Lah manawi lalampahan punika saged kalam-pahan sasampunipun let sataun, rak inggih sogad-saged kémawon ta manawi kalampahanipun punika ing sasampunipun let tigangdasa taun? Tembung anggawa, punika boten anedahaken bilih Siti Maryam ambekta ingkang putra wau wonten ing sariranipun (ngemban, mondhong anggèndhong lan sasaminipun), wangsul ateges ambekta katumpakaken ing kéwan tutumpakan. Kula aturi mirsani 9: 92, ing ngriku kapangandikakaken, bilih wonten sawenèh sahabat sowan ing Kanjeng Nabi wigatos nyuwun dipun bektaa; salajengipun Kanjeng Nabi maringi wangsulan, bilih panjenenganipun boten kagungan barang (inggih punika tutumpakan) ingkang badhé kanggé ambekta sahabat-sahabat wau.

1541. Teges kados kalimrahanipun tiyang manawi negesi tembung kula lastantunaken, nanging ing margin kula sukani tegesipun sanès tembung wau. Manawi teges ingkang limrah punika ingkang dipun anggé, ingkang dipun kajengaken Siti Maryam nglakoni (utawi, nekakaké) sawijining barang kang èlok, punika saged ugi anggènipun sampun ambabaraken putra, ingkang ngaken nyepeng panguwaos langkung ageng katimbang para pinisepuh Israil, kalayan mengku pasemon ingkang langkung lebet inggih punika pandalih dhateng Siti Maryam; kula aturi mirsani 644 (4: 156). Nanging rèhning tembung fariyya punika terang manawi gadhah teges tukang damel gogorohan, milanipun teges satunggalipun ingkang kasebut ing margin wau langkung cocog kaliyan suraosing pangandika ing ngandhap lan ing nginggilipun, sarta manawi manut teges punika, dhawuh

Ut. nekak-aké barang kang élok Ut. nekak-aké Ahli panggoro-han

Page 80: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Siti Maryam Juz XVI 834

28 É, sadulur wadoné Harun!1542

ramamu iku dudu wong ala, sarta ibumu dudu wong alaku ngiwa!

29 Ananging Maryam anyasmi-tani (supaya) marang dhèwèké. Padha calathu: kapriyé anggonku padha calathu marang bocah wingi soré?1543

30 Calathuné: Saèstu kula puni-ka kawulaning Allah; Panjenenga-né sampun aparing Kitab dhateng kula sarta sampun andadosaken nabi ing kula:1544

wangsulanipun Kanjeng Nabi ‘Isa wau lajeng saged mantuk sanget, awit manawi titiyang Yahudi mastani panjenenganipun tukang damel gogorohan, nama sampun wajibipun panjenenganipun anduwa pandalih wau, inggih punika kalayan angandika bilih panjenenganipun punika nabi. Kajawi punika wonten ing dalem dhawuh wangsulanipun wau, Kanjeng Nabi ‘Isa boten ngandikakaken punapa bab kawontenaning wiyosipun. Awit saking punika, menggahing panyuraos langkung mantuk, bilih maksud ingkang kawengku ing wicantenipun titiyang Yahudi wau (nadyan teges ingkang pundi kémawon ingkang dipun anggé), punika bab prakawis kenabianipun Kanjeng Nabi ‘Isa, sanès kawontenan ingkang magepokan kaliyan wiyosipun.

1542. Margi kirang jembar seserepanipun basa Arab, sawenèh tiyang ingkang kados déné tuwan Rodwell, amastani bilih punika cacriyosan ingkang worsuh (anakhronism). Kados déné ingkang sampun katerangaken ing 412, Siti Maryam punika kagolong kulawangsa pandhita. Tuwan Wherry ugi angakeni punika, “awit panjenenganipun punika trahipun kulawongsa Lewi (tandhanipun, panjene-nganipun wau taksih wonten aluranipun kaliyan Elizabeth). Awit saking punika, panjenenganipun sinebut ukhta Hârûn, utawi sadulur-wadoné Harun punika sampun satrepipun. Tembung ukht (sadulur-wadon) ing basa Arab punika tegesipun boten winates kados wontenipun ing basa Jawi; kateranganipun ingkang langkung panjang kula aturi mirsani 412. IJ ngriwayataken lalampahan ing ngandhap punika: Shafiyyah (garwanipun Kanjeng Nabi) sowan ing Kanjeng Rasul saw. sarta matur: “Titiyang èstri sami cariyos dhateng kula, sawijining wong wadon Yahudi, anaké wadon wong Yahudi loro.” Kanjeng Nabi lajeng ngandika dhateng ingkang garwa wau: “Généa kowé ora muni: Sayekti bapakku iku Nabi Harun, pamanku Nabi Musa lan bojoku Nabi Muhammad?” Lalampahan punika anedahaken kalayan terang, bilih sok tiyanga èstri ingkang kagolong bangsa Yahudi, punika katembungaken wonten aluranipun ingkang celak kaliyan Kanjeng Nabi Harun lan Kanjeng Nabi Musa.

1543. Ngulami Yahudi ingkang sepuh-sepuh, mesthi kémawon mastani laré nèm-nèman ingkang kalahiraken lan kagulawenthah wonten ing sangajenging mripatipun punika namung kados déné tiyangingkang kalawingènipun sonten taksih wonten ing bandhulan. Ing semu sajak camah yèn ta sami lalawanan rembag kaliyan tiyang ingkang taksih taruna wau. Perlu dipun pèngeti, para pinisepuh Yahudi wau anggènipun mastani Kanjeng Nabi ‘Isa: wong kang mauné bocah ana ing bandulan, boten: dados bayi kang isih ana ing bandulan.

1544. Terang, bilih bawa-raos punika kalampahanipun boten kok nalika Kanjeng Nabi ‘lsa taksih timur (bayi) wonten ing bandhulan, nanging nalika panjenenganipun sampun kajumenengaken dados nabi saèstu, awit panjenenganipun piyambak ngandikakaken ingkang makaten wau, liripun: panjene-nganipun boten ngandikakaken badhé kajumenengaken dados nabi, nanging sampun kajumenengaken dados nabi. Mangka ingkang makaten wau sagedipun namung manawi panjenenganipun sampun yuswa.

Ar. dhèwèké

Ar. wongkang isih bocah, mau-né ana ing bandhulan

Page 81: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 19 Siti Maryam lan Kanjeng Nabi ‘Isa 835

31 Tuwin Panjenenganipun an-dadosaken kula (tansah) binarka-han wonten ing pundi kémawon panggènan kula, saha Panjene-nganipun andhawuhi salat tuwin zakat ing kula salaminipun kula gesang:1545

32 Punapa déné bekti dhateng ibu kula, saha Panjenenganipun boten andadosaken kula dados gumedhé, cilaka:1546

33 Sarta rahayu tetep dhateng kula ing dintenipun kula dipun lairaken tuwin ing dinten pejah kula punapa déné ing dintenipun kula dipun tangèkaken gesang.

34 Mangkono iku ‘Isa, anak lanangé Maryam; (iki) pangucap kang bener, kang ing kono dhè-wèké padha pradondi.

35 Ora pisan mungguh tumrap-ing Allah yèn ta Panjenengané amundhuta putra. Mahasuci Panje-nengané! samangsa Panjenengané amutus sawijining prakara, iku Panjenengané mung mangandikak-aké baé: Anaa, tumuli iku ana.a

1545. Kalèntu manawi kakinten, bilih nalika salat lan zakat kadhawuhaken dhateng Kanjeng Nabi ‘Isa punika nalika panjenenganipun saweg yuswa sadinten, sarta inggih boten leres manawi kakinten, bilih panjenenganipun nindakaken dhawuh-dhawuh wau nalika taksih yuswa samanten wau. Menggah ing sajatos-jatosipun, nitik dhawuh wangsulanipun Kanjeng Nabi ‘Isa wau, tétéla manawi ing nalika punika panjenenganipun medhar sabda dhateng kaumipun ing sasampuning panjenenganipun tinanggenah ing wajib nindakaken pakaryan kenabian; sarta satembung kémawon panjenenganipun boten nerangaken, bilih panjenenganipun pranyata kawiyosaken tanpa lantaran rama.

1546. Ing ngriki namung ingkang ibu ingkang kasebutaken, mangka ingkang tumrap Kanjeng Nabi Yahya wonten ing ayat 14, kasebutaken, bilih panjenenganipun bekti dhateng tiyang sepuhipun kakalih. Ingkang makaten punika saged ugi margi Yusuf sampun séda nalika Kanjeng Nabi ‘Isa ngandika makaten wau. Nalika Yusuf anggarwa Siti Maryam, punika Yusuf sampun sepuh sanget, dalasan ing Injil sekawan, panjenenganipun punika sampun boten kocap nalika jaman Kanjeng Nabi ‘Isa wiwit makarya, déné ingkang kocap namung ibunipun lan sadhèrèk-sadhèrèkipun. Utawi saged ugi anggènipun namung ingkang ibu ingkang dipun sebutaken, punika margi Injil sekawan nerangaken lalampahan ingkang nedahaken bilih Kanjeng Nabi ‘Isa kasar tandukipun dhateng ingkang ibu (Mat 12:48), lah ayat punika ambrastha pratélan ingkang kados makaten wau, awit sawenèh saking maksudipun Quran, punika nucèkaken Kanjeng Nabi ‘Isa saking sawarnining pandalih palsu.

a. 163

Page 82: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Siti Maryam Juz XVI 836

36 Lan sayekti Allah iku Pangé-ranku lan Pangéranmu; mulané padha angabdia ing Panjenengané; iki dalan kang bener.1547

37 Ananging para papanthan saka ing antarané, padha apasu-layan; lah cilaka tumrap kang padha angafiri, saking déning ana-né ing dina kang agung.

38 Iba ta cethané bakal anggoné padha krungu, lan iba ta cethané bakal anggoné padha weruh, ing dina nalikané dhèwèké padha séba marang Ingsun; ananging para atindak dudu, ing dina iki, padha dumunung ing sasar kang wèwèn-tèhan.

39 Lan padha sira pépélingana marang dinané gegetun kang aba-nget,1548 nalikané prakara wus pinutus; lan (samengko) dhèwèké padha ana ing sajroning léna sarta padha ora angèstu.

40 Sayekti Ingsun amaris bumi dalah sapa kang ana ing kono, lan marang Ingsun anggoné bakal padha dibalèkaké.

RUKU’ 3

Kanjeng Nabi Ibrahim

41 Lan anyebutna Ibrahim ana ing dalem Kitab; sayekti dhèwèké iku wong temen, sawijining Nabi.

1547. Miturut Injil Mattheus, nalika Kanjeng Nabi ‘Isa kagodha ing sétan, ingkang ngajani panjenenganipun supados manembah dhateng piyambakipun, dhawuh wangsulanipun Kanjeng Nabi ‘Isa: “Wusana katulisan mangkéné: Pangéran Allahira kang dadi sesembahanira, lan aja ngabekti marang liyané” (Mat. 4: 10).

1548. Siksa ingkang wonten ing panggènan sanès ing dalem Quran sinebut latu, wonten ing ngriki winastan hasrah utawi gegetun kang abanget, sarta punika asring sanget katerangaken wonten ing Quran Suci minangka bebahanipun para ingkang nindakaken pandamel awon.

Page 83: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 19 Kanjeng Nabi Ibrahim 837

42 Nalikané dhèwèké acalathumarang tutuwané:a Dhuh sesepuh kula! punapaa déné sampéyan manembah barang ingkang boten saged mireng sarta boten saged ningali tuwin boten makantuki punapa-punapa ing sampéyan:

43 Dhuh sesepuh kula! saèstu, kawruh sampun dhumateng ing kula, ingkang boten dhumateng ing sampéyan; milanipun sampéyan manut kula, kula badhé nuntun sampéyan ing margi ingkang leres:

44 Dhuh sesepuh kula! sampun sampéyan angawula sétan; saèstu sétan punika boten ambangun turutdhateng ingkang-Mahamurah:

45 Dhuh sesepuh kula! Saèstu kula punika nguwatosaken, manawi siksa saking Ingkang-Mahamurah andhawahi sampéyan,mangké mindhak sampéyan dados mitra-ning sétan.

46 Calathuné: Apa wis mléngos kowé iku saka ing sesembahanku, o, Ibrahim? Manawa kowé ora marèni, amasthi kowé bakal dak bandhemi, lan lungaa saka ing kéné di nganti lawas.

47 Calathuné: Rahayu dhuma-waha ing sampéyan; kula badhé nyuwunaken pangapunten sampé-yan ing Pangéran kula;a saèstu, Panjenenganipun punika pancèn tresna dhateng kula:

48 Lan kula badhé angésahi sampéyan tuwin barang ingkang sampéyan sebuti sanèsipun Allah,

i.p. Ibrahima. 790

Ut. wang-kot

Ar. anggra-yang

Ar. nglu-nganana aku

a. 9: 144

Ut. susuwun

Page 84: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Siti Maryam Juz XVI 838

sarta kula badhé anyebut Pangéran kula; manawi-manawi boten badhé kojur anggèn kula nunuwun ing Pangéran kula.

49 Bareng wis anglungani dhè-wèké (kabèh) dalah sesembahané kang dudu Allah, Ingsun aparing marang Ibrahim: Ishaq lan Ya’qub, sarta kabèh Ingsun dadèkaké nabi.1549

50 Apa déné ingsun aparing ma-rang dhèwèké kabèh arupa wilasa-Ningsun sarta (ing sapungkuré) Ingsun andadèkaké pocapan kang nyata aluhur tumrap marang dhèwèké.1550

RUKU’ 4

Para Nabi sanèsipun

51-53. Nabi Musa lan Harun. 54, 55. Nabi Ismail. 56, 57. Nabi Idris. 58, 59. Katurunan ingkang awon. 60-63. Ingkang tobat angsal gesang langgeng. 64, 65. Wahyuning Kanjeng Nabi.

51 Lan nyebutna Musa ana ing dalem Kitab; sayekti dhèwèké iku wong kang sinucèkaké, sarta utusan, nabi.1551

1549. Wonten ing panggènan sanès sampun kacethakaken, bilih Kanjeng Nabi Ya’qub punika kaleres wayahipun (11: 71; 21: 72). Sampun kakinten manawi tembung aparing punika namung ateges maringi anak kémawon, awit ing ayat-ayat candhakipun, Kanjeng Nabi Musa kapangandikakaken: dhèwèké Ingsun paringi miyos saka wilasa-Ningsun, saduluré, Hârûn, sawijining nabi, sanajan ta Kanjeng Nabi Harun punika langkung sepuh katimbang Kanjeng Nabi Musa.

1550. Tegesipun ingkang wantah punika: Ingsun andadèkaké lisaning yakti kang aluhur tumrap marang dhèwèké. Nanging rèhning lisan punika pirantos ingkang kanggé medharaken ginem, milanipun lisana sidqin punika lajeng ateges pocapan kang nyata.Satunggaling nabi, punika nadyan kados punapa kémawon pasajaning sugengipun, wonten ing antawising turunan ingkang kantun-kantun, mesthi kaluhuraken. Nanging sifatipun nabi ingkang miyambaki, inggih punika cathetaning kaluhuranipun punika mesthi nyata.

1551. Rasul, utawi utusan, punika tegesipun: tiyang ingkang kautus kalayan ngampil ayahankanggé ambangun utawi andandosi manusa. Déné nabi, cara Jawi inggih nabi, punika tiyang ingkang kaparingan nubuwat, inggih punika tiyang ingkang kaparingan naba’ utawi pawartos saking nginggil. Déné mila tiyang unusan ingkang kapiji ambangun ing para manusa kasebut nabi, punika margi panjenenganipun kaparingan ngélmu déning Gusti Allah, sarta kasebut rasul utawi utusan, punika margi panjenenganipun andhatengaken ayahan ingkang kaampil dhateng manusa.

Ar. dhèwèké

Lugunipun: lisaning yakti

Ut. anuwun ing

Page 85: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 19 Para Nabi sanèsipun 839

52 Lan dhèwèké Ingsun timbali saka èrèng-èrènging gunung kang binarkahan, sarta ingsun parekaké, awawan sabda (karo Ingsun).

53 Lan dhèwèké Ingsun paringi, miyos saka wilasa-Ningsun, sadu-luré, Harun, sawijining nabi.

54 Lan anyebutna Ismail ana ing dalem Kitab; sayekti dhèwèké iku setya ing janji, sarta dhèwèké iku utusan, nabi.1552

55 Lan dhèwèké amaréntahi kulawargané salat lan awèh zakat, sarta dhèwèké iku, ing ngarsaning Pangérané, wong kang kinarilan.

56 Lan anyebutna Idris ana ing dalem Kitab; sayekti dhèwèké iku wong temen, nabi.

57 Sarta dhèwèké Ingsun ung-gahaké marang papan kang luhur.1553

1552. Para titiyang Nasrani sami gadhah panganggep, bilih kenabian punika angemungaken kawaris déning Iskak lan turun-turunipun. Nanging Bébel inggih anjanjèkaken dhateng Isma’il, boten prabéda lan dhateng Iskak. Nalika Kanjeng Nabi Ibrahim nyunyuwun dhateng Pangéran: “mugi Isma’il kalilana gesang wonten ing ngarsa Tuwan” (Purwaning Dumados 17: 18), dhawuhipun Allah: “Déné ingatasé Isma’il iku iya Ingsun anjembadani panyuwunira” (Purwaning Dumados 17: 20). Punika anedahaken bilih Isma’il kajumenengaken dados nabi. Mirsanana 168 tuwin 170. Ing Quran Suci, kasebutaken Kanjeng Nabi Isma’il punika kagolong nabi, inggih punika kasebutaken asmanipun wonten ing 2: 125, 127-129, 133, 136, 140; 6: 87, 19: 54, 55; 21: 85, tuwin 38: 48; boten kasebutaken asmanipun, nanging kacariyosaken lalampahanipun wonten 37: 101-107.

1553. Idris punika sami kaliyan Enokh (Bd). Tembung rafa’, ingkang dipun agem nembungaken Kanjeng Nabi ‘Isa punika ugi dipun agem nembungaken Kanjeng Nabi Idris, awit saking punika, lajeng wonten sawenèh mufassirin ingkang klèntu anggènipun merdéni tembung wau, kasuraos mengku teges, bilih Kanjeng Nabi Idris kaangkat dhateng langit kanthi gesang-gesangan, sami kados déné Kanjeng Nabi ‘Isa. Nanging tumrap kalih-kalihipun wau sami lepatipun, awit tembung rafa’ makaten ateges anjunjung dhateng darajat luhur. Kula aturi mirsani 437. Déné panyuraos ingkang lepat wau ambokmanawi kémawon tuwuh margi saking cariyos Kanjeng Nabi Idris ing Bébel. Kadosta, ing Purwaning Dumados 5: 24 kasebutaken: “Salampahé Enokh iku tinunggil déning Allah, banjur sarirané wus ora ana, amarga pinulung déning Allah.” Kitab Prajanjian Énggal langkung cetha malih: “Amarga saka pracayané Enokh kapundhut, supaya aja kongsi angalami mati, nuli ora kepanggih, amarga wus dipundhut déning Allah” (Hebr. 11: 5). Namung kaping sapisan malih panjenenganipun punika kasebutaken wonten ing Quran Suci, inggih punika ing 21: 85.

Ut. dadi pirena

Ut. darajat, kahanan

Page 86: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Siti Maryam Juz XVI 840

58 Yaiki para kang padha kapa-ringan nugraha déning Allah, kayata para nabi saka turuning Adam sarta saka para kang Ingsun emot karo Nuh, tuwin saka turun-ing Ibrahim lan Israil, apa déné saka sapa kang Ingsun tuntun lan Ingsun pilih; samasa padha di-wacakaké timbalan-timbalané Ing-kang-Mahamurah padha anjungkel sumujud kalawan nangis.a

59 Ananging ing sapungkuré dhèwèké, kang gumanti bangsa kang ala, padha anglirwakaké salat lan padha anurut pépénginan kang asor; mulané bakal padha nemu karusakan,

60 Kajaba kang padha mratobat tuwin angèstu sarta atindak becik; lah yaiki kang bakal malebu ing taman sarta ora bakal padha kinaniaya sathithik-thithika:

61 Patamanan langgeng kang di-janjèkaké déning Ingkang-Maha-murah marang para kawulané, kang sarta iku ora katon.

62 Ana ing kono ora bakal padha ngrungu tembung lalahan, mung ngrungu: “Rahayu”; lan ana ing kono, ésuk lan soré, bakal padha olèh rijeki.1554

63 Iki taman, kang Ingsun waris-aké para kawula-Ningsun endi kang rumeksa dhiriné (saka ing ala).1555

1554. Tembung Muslim punika boten prabéda lan tembung salâm asalipun sami, inggih punika saking tembung salam, ingkang tegesipun: rahayu; dados tiyang Muslim punika tiyang ingkang dumunung ing rahayu. Manawi wonten ing ngrikinipun manusa adamel rahayu kaliyan Ingkang-

1555. Mirsanana kaca candhakipun.

a. 978

Ar. kalawan

Ar. kajaba

Ar. rijekiné

Ar. sapa

Page 87: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 19 Para milawani dipun punapakaken 841

64 Lan aku ora padha tumurun kajaba kalawan paréntahing Pangéranira; kagungané Panjene-ngané sabarang kang ana ing ngarepku lan sabarang kang ana ing buriku apa déné sabarang kang ana ing saantarané iku, sarta ora pisan Pangéranira iku kesupèn:1556

65 Pangéraning langit-langit lan bumi tuwin sabarang saantarané loro iku; mulané angabdia Panje-nengané lan dibetah ing pangabdi marang Panjenengané, Apa ta sira weruh, sapa ta kang padha karo Panjenengané?

RUKU’ 5

Para milawani dipun punapakaken

66, 67. Semang-semangipun manusa. 68-73. Kawusananipun tiyang ingkang dursila lan tiyang ingkang tulus. 74-76. Piwulang saking kawusananipun tiyang ingkang sampun-sampun. 77-80. Pancasan punika sampun mesthi. 81, 82. Panulak dhateng panuntun dhateng awon.

66 Lan manusa acalathu: Lah manawa aku wis mati, bakal (ban-jur) diuripaké manèh temenan?

Nitahaken lan kaliyan makhluk-Ipun, lah ing akhirat masthi badhé manggih rahayu. Lah inggih punika kasunyatan adiluhung ingkang sumimpen wonten ing pangertosan suwarga cara agami Islam, awit wongsal-wangsul kasebutaken wonten ing Quran Suci bilih ing suwarga punika boten wonten punapa-punapanipun malih kajawi namung rahayu.

1555. Kawontenan rahayu ingkang kalayan sampurna, ingkang kapangandikakaken ing ayat ingkang sampun, ing ngriki sinebut taman ingkang badhé kawaris déning para titiyang tulus.

1556. Limrahipun tembung “aku ora padha tumurun” punika dipun suraos mengku maksud tumurunipun para malaikat kalayan ngampil wahyuning Pangéran. Sampun boten wonten semang-semangipun malih, bilih ingkang dipun karsakaken ing ngriki punika wahyu ingkang kaparingaken dhateng Kanjeng Nabi. Déné suraosipun: boten prabéda lan anggènipun para malaikat sami ngampil wahyu ingkang kaparingaken dhateng para andika nabi ingkang sampun-sampun, lah makaten ugi ing samangké punika, awit saking dhawuhipun Pangéran, inggih sami ngampil wahyu ingkang kaparingaken dhateng Kanjeng Nabi Suci Muhammad. Déné dhawuh ing wekasaning ayat, ingkang mungel: ora pisan Pangéranira iku kasupèn, punika mengku teges, bilih janji-janji saha piweca-peweca ingkang kaparingaken déning Gusti Allah lumantar nabi-nabi-Nipun, punika mesthi boten badhé dipun supèkaken. Dumugi samanten, cariyos lalampahanipun para nabi ingkang sampun-sampun lajeng dipun pungkasi kalayan dhawuh ingkang nyebutaken bab prakawis wahyu ingkang kaparingaken dhateng Kanjeng Nabi Suci, sarta inggih bab punika ingkang karembag wonten ing ruku’-ruku’-ipun surat punika ing ngandhap punika.

Nanging inggih wonten mufassir ingkang nyuraos, bilih punika wicantenipun para angèstu ingkang sami lumebet ing suwarga (AbM - Rz).

Page 88: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Siti Maryam Juz XVI842

67 Apa manusa iku ora éling manawa anggon-Ingsun anitahaké dhèwèké dhèk biyèn nalika dhè-wèké durung ana?

68 Mulané, dhemi Panjenengan-ira! Sayekti Ingsun bakal angim-pun dhèwèké karo sétan-sétan; tumuli, yekti padha Ingsun andhèr-aké sakupenging naraka kalawan padha jèngkèng.1557

69 Tumuli, sayekti temen Ingsun bakal amilahaké saka sarupaning papanthané sapa kang luwih abanget anggoné amilawani Ing-kang-Mahamurah.

70 Tumuli, sayekti Ingsun luwih anguningani marang para kang padha luwih trep diobong ing kono.

71 Lan saka ing antaranira ora ana kang ora tumeka mrono; iki pancasané Pangéranira kang ora kena owah.1558

72 Lana Ingsun bakal anyalamet-aké para kang padha rumeksa dhiriné (saka ing ala)1559 sarta Ingsun bakal aninggal para atindak dudu ana ing kono kalawan padha jèngkèng.1560

a. 45

1557. Sétan-sétan ing ngriki, terang para titiyang ingkang sami nuntun ing sanès dhateng awon.1558. Manut suraosing dhawuh gathukipun kaliyan dhawuh nginggilipun lan ngandhapipun,

sampun cetha bilih ingkang kapangandikakaken punika namung para titiyang duraka. Para titiyang tulus boten badhé kacemplung ing naraka; bab punika sampun kadhawuhaken wongsal-wangsul kalayan cetha wonten ing Quran Suci. Kula aturi mirsani ayat candhakipun, inggih punika ayat 85 lan 86, ing ngriku kadhawuhaken: “Ing dinané Ingsun bakal angimpun para kang rumeksa dhiriné (saka ing ala) marang Ingkang-Mahamurah, perlu anampani kahurmatan, lan anggiring para wong dosa marang naraka kalawan padha ngorong.” Ing 21: 102 kadhawuhaken, bilih para titiyang tulus boten badhé mireng suwantening naraka.

1559. Kados déné ingkang sampun katerangaken ing nginggil, punika boten ateges bilih para titiyang tulus badhé dipun cemplungaken ing naraka rumiyin lajeng dipun entasaken. Manawi badhé ngarsakaken kateranganing tegesipun tembung tsumma kula aturi mirsani 45. Tembung punika dipun anggé ambukani ukara énggal.

1560. Kula aturi nyundhukaken kaliyan ayat 68, ing ngriku kapangandikakaken, bilih para titiyang

Page 89: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 19 Para milawani dipun punapakaken 843

73 Lan samasa dhèwèké padha diwacakaké timbalan-timbalan Ing-sun kang cetha, acalathu para kang padha kafir marang para kang padha angèstu: Papanthan loro iki endi sing luwih becik padunungané sarta luwih becik pakumpu-lané?1561

74 Lan pira baé kang wus Ingsun lebur ing sadurungé dhèwèké, bangsa, kang mungguh ing bandha lan rupa luwih becik!

75 Calathua: Sing sapa ana ing sajroning sasar, amasthi Ingkang-Mahamurah bakal andawakaké umuré, nganti dhèwèké andeleng apa kang diancamaké, apa siksa, apa ta titimangsa;1562 ing kono bakal weruh, sapa sing luwih ala kahanané sarta sing luwih ringkih balané.1563

76 Lan Allah amewahi pituduh para kang padha tumindak bener;lan panggawé becik kang tetep lestari iku mungguhing Pangé-ranira luwih becik ing wawales sarta luwih becik awohé.1564

Ut. netepi pituduh

Ut. ulih-ulihé

dosa badhé kabekta dhateng naraka kalayan jèngkèng. Para titiyang dosa ingkang nalikanipun ing gesang samangké boten jèngkèng margi anggènipun nandhang ina, badhé kajèngkèngaken bénjing wonten ing akhirat.

1561. Inggih punika sami angungasaken kasugihanipun tuwin kathahing wadyabalanipun.1562. Titimangsa punika tegesipun titimangsaning dhumawahipun karampungan, inggih punika

titimangsanipun badhé sami kacures babar pisan, sarta sirnanipun-babar pisan panguwaosipun para titiyang wau ing salami-laminipun. Siksa punika manawi katandhing kaliyan dhumawahing karampungan, nama saweg siksa ingkang ènthèng.

1563. Ing dalem dhawuh punika katerangaken kanthi cetha, bilih badhé dhateng masa kalanipun piyambakipun sami dumunung wonten ing kawontenan ingkang awon, wadyabalanipun langkung ringkih katimbang wadyabalanipun Islam.

1564. Tetembungan punika tegesipun pasitèn ingkang ngedalaken asil kathah (A-LL).

Page 90: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Siti Maryam Juz XVI844

77 Lah apa sira weruh wong kang angafiri ing timbalan-timbalan-Ingsun sarta angucap: Amasthi aku pinaringan bandha lan anak?1565

78 Apa dhèwèké olèh kawruh ghaib, apa nyekel janji saka ngarsané Ingkang-Mahamurah.

Ut. barang kang ora katon

79 Ora pisan-pisan! Ingsun tulisi sabarang pangucapé sarta ingsun bakal angundhaki dawaning siksa tumrap marang dhèwèké.

80 Lan Ingsun bakal maris ma-rang dhèwèké sabarang pangucapé, sarta dhèwèké bakal séba marang Ingsun kalawan ijèn.1566

81 Lan dhèwèké padha ngalap sesembahan saliyané Allah, pa-mrihé supaya iku dadia sumbering kakuwatan tumrap marang dhè-wèké;1567

82 Ora pisan-pisan! Dhèwèké bakal énggal angemohi ing panga-wulané marang iku, sarta iku bakal dadi mungsuh ingatasé dhèwèké.

RUKU’ 6

Piwulang palsu bab Allah puputra

83-87. Sétan anasaraké. 88-96. Satuhu sanget dosa anganggep Gusti Allah puputra. 97, 98. Pémut dhateng para ahli mabeni.

1565. Ingkang dipun péngini sanget déning para kafir punika bandha lan anak.1566. Ingkang dipun karsakaken, inggih punika wicantenipun para kafir ingkang kasebut ing ayat

77: “Amasthi aku pinaringan bandha lan anak.” Déné suraosipun, bandha lan anak ingkang dipun anggé umuk-umukan wau, badhé kajabel saking piyambakipun, sarta Gusti Allah (inggih punika kawulanipun Allah, utawi para Muslimin) badhé maris punika sadaya. Dados kawecakaken langkung rumiyin, bilih bandhanipun para kafir punika mesthi badhé dhumawah dhateng tanganipun para Muslimin sarta anak-anakipun mesthi badhé manjing Islam.

1567. Panganggepipun para kafir, brahala-brahalanipun punika saged mitulungi piyambakipun lumawan titiyang Muslimin. Dhawuh wangsulanipun kasebutaken wonten ing ayat sambetipun: Brahala-brahalanipun wau boten dados tuking kakiyatan tumrap piyambakipun, nanging malah badhé dados mengsahipun.

Page 91: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 19 Para milawani dipun punapakaken 845

83 Apa sira ora weruh yèn Ingsun wus angutus sétan-sétan marang para kafir, angojok-ojoki dhèwèké kalawan pangojok-ojok?

84 Mulané aja sira gégé tumi-bané marang dhèwèké, Ingsun mung angétung wilanganing (dina-né) tumrap marang dhèwèké.1568

85 Ing dinané Ingsun bakal angimpun para kang rumeksa dhiriné (saka ing ala) marang Ingkang-Mahamurah, perlu anam-pani kahurmatan.1569

86 Lan anggiring para wong dosa marang naraka kalawan padha ngorong.1570

87 Dhèwèké padha ora bisa duwé syafa’at kajaba wong kang nyekel janji saka ngarsané Ing-kang-Mahamurah.

88 Dhèwèké padha calathu: Ingkang-Mahamurah iku angalap putra.

89 Sayekti temen sira iku angu-capaké tembung kang anjejemberi.

90 Mèh baé langit-langit bedhah lan bumi sigar tuwin gunung-gunung jugrug remuk,

91 Déning dhèwèké padha ngarani Ingkang-Mahamurah iku kagungan putra.

1568. Tegesipun, karampungan badhé dhumawahing siksanipun sampun kaputus, namung dhumawahipun saèstu dhateng piyambakipun, punika ingkang taksih kasrantosaken manawi sampun dumugi wawangen ingkang sampun katamtokaken. Dados dinten kanggé gesangipun para titiyang wau sampun kénging dipun pètangi wilanganipun, ngantos manawi titimangsa wau sampun dumugi.

1569. Wafd punika sagolonganing tiyang ingkang sumiwi dhateng satunggaling ratu perlu badhé nampèni kahurmatan (JB). Milanipun lajeng dipun tegesi kados makaten punika.

1570. Wird punika ateges nyelaki toya (LL); milanipun lajeng ateges ngorong jalaran kéwan ingkang ngorong punika lajeng kagiring murugi toya.

Ar. atas

Ar. Ingsun bakal ang-giring

Ut. pitulu-ngan pirem-bug

Ar. anekak-aké barang

Page 92: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Siti Maryam Juz XVI 846

92 Lan ora mungguh tumrapé Ingkang-Mahamurah yèn ta anga-lap putra.1571

93 Kabèh, sapa baé kang ana ing langit-langit lan bumi, ora kena ora masthi bakal suméwa marang Ingkang-Mahamurah, anglungguhi anggoné dadi kawula.

1571. Ayat gangsal iji, inggih punika ayat 88 dumugi ayat 92, punika ngemot katerangan ingkang kekah saha cetha pratéla ingkang nglepataken piwulang Nasrani bab Kapangérananipun Kanjeng Nabi ‘Isa. Sarta inggih dhateng prakawis punika ingkang dipun ener kalayan mligi déning surat punika. Perlu dipun pèngeti bilih surat punika kagolong jaman kirang langkung taun ingkang kaping gangsal sasampunipun Kanjeng Nabi Suci jumeneng dados utusan, tandhanipun sapéranganipun surat punika sampun kawaos déning sahabat Ja’far wonten ing ngarsanipun sang nata ing Habasyah. Déné sahabat Ja’far punika sesepuhipun titiyang Muslimin ingkang sami ngungsi dhateng nagari Habasyah. Dados wiwit ing sakawit mila, agami Islam sampun masang sedya ingkang adiluhung badhé ambangun agami Nasrani. Prakawis ingkang dipun wigatosaken sanget wonten ing surat punika, inggih punika bab rah-mâniyah utawi Mahamurahipun Pangéran. Punika minangka pambantah kalepatan ageng ingkang dados piwulangipun agami Nasrani, awit rahmâniyah utawi Mahamurahipun Pangéran makaten, anetepaken piwulang, bilih ngapunten tiyang dosa, punika tumrapipun Pangéran boten ndadak ambetahaken tebusan barang. Lah inggih sabab saking punika, déné asma Rahmân punika wonten ing surat punika langkung dipun wigatosaken katimbang asmanipun Pangéran sanès-sanèsipun, sarta wongsal-wangsul kasebutaken. Déné kuncinipun rembag-rembag wau sadaya, kamot wonten ing ayat 92 ingkang mungel makaten: Lan ora munggah tumrapé Ingkang-Mahamurah yèn ta angalapa putra.

Asma Rahmân punika asmanipun Pangéran, sarta sasampunipun asma Allah, asma Rahmân punika ingkang asring piyambak kasebutaken wonten ing Quran Suci (kajawi asma Rahîm, ingkang ugi nunggil asli kaliyan asma Rahmân wau sarta ingkang mèh sami tegesipun). Sampun ing wiwitan mila katerangaken, bilih tembung Rahmân punika ateges Pangéran Ingkang-Mahamurah Ingkang amatedhakaken wilasa dhateng manusa tanpa manusa anindakaken punapa-punapa ingkang murug-aken angsal wilasa wau (3). Lah punika kalayan ceplos anduwa piwulang bab panebusing dosa, inggih ingkang dados dhadhasaring piwulang bab kapangérananipun Kanjeng Nabi ‘Isa. Jalaran, manawi Pangéran punika saged ngapunten ing dosa tanpa mundhut tebusan saking manusa, lan malih manawi Panjenenganipun saged amatedhakaken wilasa, nadyan manusa boten nindakaken punapa ingkang murugaken angsal wilasa wau, lah mesthi kémawon lajeng boten perlu wonten tebusan barang, ingkang ing salajengipun inggih lajeng sampun boten perlu mastani Gusti Allah kagungan putra ingkang dipun kurbanaken kanggé wadal. Asma Rahmân anedahaken, bilih Gusti Allah boten ngarsakaken dipun caosi pupulih utawi tebusan, sarta welasasih dhateng sadaya makhluk-Ipun, kapareng nyudiyani langkung rumiyin sadaya samukawis ingkang kabetahaken déning sagung titah wau. Dados menggah ing sajatos-jatosipun, tembung satunggal punika sampun mengku katerangan ingkang anglepataken sadaya lepat ingkang wonten ing agami Nasrani.

Pangandel Nasrani, punika sampun acecengkahan piyambak. Piandel Nasrani boten ngakeni kongangipun Pangéran kapareng mintonaken wilasa dhateng para titiyang dosa tanpa panebusipun Kanjeng Nabi ‘Isa. Nanging piyambakipun ugi ngaken para titiyang dosa supados nyuwun pangapunten dhateng Pangéran sarta ngajeng-ajeng kaparengipun Pangéran ngapunten ing piyambakipun tanpa mundhut pupulih. Cecengkahan punika katingal ngégla amelok manawi kacundhukaken kaliyan ungeling donga “Rama Kula” ingkang misuwur punika, ingkang makaten ungelipun: “Saha Tuwan mugi angapunten sakathahipun kalepatan kawula, kados déné kawula inggih sami angapunten ing titiyang ingkang kalepatan dhateng kawula” (Mat. 6: 12). Lah manawi kados pundi sagedipun tiyang punika winastan ngapunten tiyang ingkang kalepatan dhateng piyambakipun? Ngemungaken manawi piyambakipun nglebur kalepatanipun tiyang wau ingkang dhateng piyambakipun sarta tanpa mawi nedha pupulih dhateng tiyang wau. Lah makaten ugi, miturut piwulangipun Kanjeng Nabi ‘Isa ingkang

Page 93: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 19 Para milawani dipun punapakaken 847

94 Sayekti temen Panjenengané iku pangawikan-É anglimputi dhè-wèké sarta wus amilang dhèwèké kalawan pamilang (kang sam-purna).

95 Lan kabèh, dhèwèké iku, ing dina kiyamat bakal suméwa ma-rang Panjenengané kalawan ijèn.

96 Sayekti, para kang padha angèstu sarta anglakoni panggawé becik, Ingkang-Mahamurah bakal aparing sih marang dhèwèké.1572

97 Mulané iku Ingsun gampang-aké kalawan basanira, iku mung supaya sira anggoa amartani bu-bungah marang para kang padha anjaga dhiriné (saka ing ala) sarta awèh pépéling marang bangsa kang ahli madoni.

98 Lan pira baé bangsa kang wus Ingsun lebur ing sadurungé dhèwèké! Apa sira tumon dhèwèké salah siji, apa ta sira lamat-lamat krungu swara saka dhèwèké?

terang gamblang, kula kedah sami ngajeng-ajeng dhateng Pangéran, bilih Panjenenganipun punika saged ngapunten ing dosa kula tanpa mundhut pupulih saking kula sami. Dados donga wau babar pisan boten mengku piwulang bab panebusing dosa saha bab prakawis Pangéran puputra.

1572. Ngemungaken kalayan iman ingkang leres saha pandamel saé kémawon, sagedipun manah punika katiyupan ing katresnan jati dhateng Allah saha dhateng titah-Ipun. Gusti Allah maringaken sih-tresna dhateng titiyang tulus, punika tegesipun: Allah Pribadi tresna dhateng piyambakipun sarta niyup katresnan dhateng piyambakipun wonten ing manahipun tiyang sanès, déné piyambakipun piyambak ugi tresna dhateng Allah lan dhateng sasaminmg titah. Ing sakawit kawulanipun Allah ingkang tulus punika wonten ing donya ngriki boten patosa dipun sihi, nanging saking sakedhik kasaénanipun mesthi menang, sarta piyambakipun mesthi lajeng dipun tresnani lan dipun asihi. Sampun boten wonten semang-semangipun malih, bilih ing ngriki punika mengku piweca badhé sapinten genging katresnan ingkang boten dangu malih badhe katiyupaken dhateng manahipun para mengsahipun Kanjeng Nabi.

______________

Ar. utawa

Page 94: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

SURAT 20

THÂ HÂ

KADHAWUHAKEN ING MAKKAH

(8 ruku’, 135 ayat)

Pathinipun:

Ruku’ 1-5. Lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa. Ruku’ 6. Ingkang sami ngalang-alangi Kanjeng Nabi sami dipun asoraken. Ruku’ 7. Panasaranipun sétan. Ruku’ 8. Pidana punika sampun masthi.

Namanipun

Aksara wiwitaning tembung ingkang wonten ing surat punika kanggé namakaken surat punika. Sabagéan ageng punika ngandharaken lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa, dalah piprincénipun lalampahan dipun sebutaken. Tétéla bilih ing Quran Suci Kanjeng Nabi Musa punika langkung asring kasebutaken katimbang lan para nabi sanès-sanèsipun; malah boten namung makaten kémawon, nanging lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa wau langkung wijang anggènipun dipun sebutaken. Wondéné sababipun, margi rawuhipun Kanjeng Nabi punika nuhoni kanyataaning Kanjeng Nabi Musa, inggih punika piwecanipun Kanjeng Nabi Musa ingkang mecakaken badhé rawuhipun satunggaling nabi kados panjenenganipun. Punika sababipun déné asring kasebutaken dalasan piprincéning lalampahan pisan.

Gathukipun suraos tuwin babipun ingkang kawarsitakaken

Rèhning surat ingkang sampun mangandikakaken kalayan panjang cariyosipun Kanjeng Nabi ‘Isa, mila surat ingkang mangandikakaken cariyosipun Kanjeng Nabi Musa ngantos dumugi riricikanipun lalampahan, kados déné surat punika, kapapanaken ngandhapipun surat ingkang sampun. Wiwitan piyambak surat punika paring panglipur dhateng Kanjeng Nabi, wigatos sampun ngantos panjenenganipun alit panggalihipun margi anggènipun mumulang dipun pilawani ingkang sakalangkung sanget, jalaran sampun boten kénging boten panjenenganipun badhé kasil anggènipun makarya andhatengaken ayahanipun. Gangsal ruku’ ingkang wiwitan (saking cacah wolu) kanggé angandharaken cariyosipun Kanjeng Nabi Musa, déné bab kautusipun Kanjeng Nabi kawiwitan pangrembagipun wonten ing mèh telas-telasanipun ruku’ ingkang kaping gangsal. Ingkang tigang ruku’ kanggé anerangaken panglawan dhateng Kanjeng Nabi saha temahanipun panglawan wau.

Titimangsa tumurunipun

Tumurunipun surat punika kinten-kinten nunggil jaman kaliyan tumurunipun surat ingkang sampun, jalaran boten prabéda lan wontenipun pasaksèn bilih surat ingkang sampun punika sampun kawaos wonten ing ngarsanipun sang Negus déning para Muslimin ingkang sami ngungsi dhateng Habasyah, makaten ugi inggih wonten pasaksèn ingkang anedahaken bilih surat punika anggènipun katurunaken nalika sadèrèngipun taun ingkang kaping nem sasampunipun Kanjeng Nabi jumeneng utusan. Ibnu Hisyam lan Ibnu Sa’ad anggandhèngaken surat punika kaliyan cariyos ngrasukipun Islam Bagéndha ‘Umar, ingkang kalampahanipun nalika taun ingkang kaping nem. Panjenenganipun kakalih wau ngandikakaken bilih ingkang murugaken Bagéndha ‘Umar santun salaga, inggih punika ing sakawit nedya badhé nyédani Kanjeng Nabi lajeng santun dados tresna lan ngaosi dhateng panjenenganipun, punika margi sadhèrèkipun èstri Bagéndha ‘Umar maos surat punika. Para mufassirin

Page 95: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 20 Lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa 849

RUKU’ 1

Lalampahanipun Nabi Musa

1-8. Panglipur tumrap Kanjeng Nabi Suci. 9-24. Ayahan utusan saking Pangéran kapasrahaken dhateng Nabi Musa, sarta piyambakipun kautus dhateng Fir’aun.

Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, Ingkang-Mahaasih.

1 O, manusa!1573

2 Anggon Ingsun andhawuhaké Quran marang sira, iku ora supaya sira cilaka.1574

3 Balik iku pépéling tumrap sapa-sapa sing wedi:

boten nyebutaken lalampahan punika, punika boten teka ambuktèkaken bilih cariyos punika boten leres, awit cariyos punika dipun andharaken déning ahli babad kakalih ingkang saé piyambak. Wondéné sababipun déné para mufassirin boten nyebutaken lalampahan punika, punika namung kabekta saking para mufassirin wau boten sami karsa ngrembag bab titimangsaning tumurunipun surat ingkang trep.

_______________

1573. Thâhâ, punika camboranipun aksara kalih manut dhentawyanjana Arab, inggih punika aksara thâ lan hâ. Miturut para mufassirin ingkang kina piyambak, I’Ab, Qtd, Mjd, Hasan, Sa’id, tuwin sanès-sanèsipun, thâhâ punika satunggaling tembung, ingkang miturut sawenèh mufassir: manut sawenèh pakecapan (dialect) lan miturut mufassir sanèsipun malih: (manut “sister__language”) mengku teges jawinipun: O, manusa (Rz). AH nyebutaken kidunganipun tiyang pancer ‘Akk kalih padha, ingkang anedahaken bilih manut pakecapanipun (dialect-ipun) titiyang pancer ‘Akk wau, thâhâpunika tembung ingkang sampun kasumerepan ing ngakathah, ingkang ateges O, manusa, ngantos titiyang wau boten sami mangsuli manawi dipun uwuh yâ rajulu, nanging mangsuli manawi dipun uwuh thâhâ. Déné kidungan ingkang kapethik wau makaten: jawinipun: Aku anguwuh: O, manusa! ana ing peperangan, nanging dhèwèké ora mangsuli. Kidungan satunggalipun makaten: jawinipun: Sayekti pakarti nguthuh iku, O, manusa, sawenèh saka wawatekanmu. AH ugi nerangaken, bilih Thâhâ punika salah satunggaling asmanipun Kanjeng Nabi Muhammad saw. Kf negesi jawinipun: O, iki (kajengipun, O, sira).Ugi dipun werdéni ateges: di tentrem! (TA-LL), awit inggih makaten punika tembung panglipur tumrap dhateng Kanjeng Nabi Suci.

1574. Terangipun, kaselak mokal sanget manawi Kanjeng Nabi, inggih punika tiyang ingkang katurunan Quran, lastantun boten angsal damel anggènipun badhé ambangun manusa, kados déné maksud tumurunipun Quran punika. Dhawuh punika minangka panglipur dhateng Kanjeng Nabi Suci, nanging ugi dados piweca ingkang terang, bilih pambangunan agung badhé kalampahan saèstu, boten namung wonten ing tanah Arab kémawon, nanging ugi ing saindhenging buwana, awit makaten wau pancèn ingkang kasedya déning Quran Suci wiwit ing sakawit mila.

Ut. O, ten-trem!

Page 96: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Tha Ha Juz XVI 850

a. 895

4 Dhawuh saka Ingkang wus anitahaké bumi lan langit-langit kang dhuwur.1575

5 Ingkang-Mahamurah angasta purba wisésa ing karaton.a

6 Kagungané Panjenengané sa-barang kang ana ing langit-langit lan sabarang kang ana ing bumi tuwin sabarang kang ana ing saantarané apa déné sabarang sangisoring lemah.1576

7 Lan manawa sira anglairaké calathu kalawan seru, lah sayekti Panjenengané iku anguningani wa-wadi dalasan kang luwih sumingid pisan.1577

8 Allah __ ora ana sesembahan kajaba Panjenengané; kagungané Panjenengané asma-asma kang adiluhung iku.

9 Lan apa ta wis tumeka marang sira caritané Musa?

10 Nalika dhèwèké weruh geni banjur calathu marang kulawarga-né; padha mandhega, sayekti aku andeleng geni; manawa-manawa aku bisa anggawa mréné tumper kang murub saka ing kono, utawa olèh pituduh ing sacedhaking geni kono.1578

1575. Ayat punika, saha ayat sambetipun punika, amarsitakaken punapa sababipun déné Quran punika boten naté boten kadumugèn sedyanipun. Inggih punika, jalaran Quran punika babaraning karsanipun Dhat ingkang nguwaosi ing samukawis.

1576. Tsarâ punika tegesipun embesipun siti, utawi siti ingkang ngembes (LL).1577. Wawados punika sabarang ingkang kasingidaken déning tiyang wonten ing dalem

manahipun; éwadéné wonten malih ingkang langkung sumingid, inggih punika barang ingkang dèrèng wonten ing manahipun tiyang. Nanging sadaya wau sami déné kauningan déning Allah.

1578. Boten prabéda lan tembung dhèwèké weruh geni ing ngriki punika, lah makaten ugi tembung kula sumerep lintang sawelas ing 12: 4. Tumrap kalih-kalihipun wau sadaya sanès walaka sumerepipun mripat wadhag. lngkang tumrap Kanjeng Nabi Yusuf, punika supena, utawi luyut, nanging ingkang tumrap Kanjeng Nabi Musa, punika sumerepipun mripat ruhani. Para nabi-nabinipun Pangéran pancèn pinaringan punika, langkung-langkung manawi saweg nampèni wahyuning Pangéran. Ayat-ayat

Ar. marang kowé

Page 97: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 20 Lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa 851

11 Bareng dhèwèké wus tumeka ing kono, ana swara dhumawuh:É, Musa!

12 Sayekti Ingsun iki Pangé-ranira; mulané copoten trumpahira karo pisan; sayekti sira iku ana ing jujurang kang sinuci “Tuwâ”:1579

13 Lan ingsun wis amething sira; mulané sira angrungokna marang apa kang winedhar:

14 Sayekti, Ingsun iki Allah, ora ana sesembahan kajaba Ingsun; mulané ngawulaa marang Ingsun sarta anjumenengna salat akarana éling marang Ingsun:

15 Sayekti, titining mangsa iku tumeka – iki bakal Ingsun gawé nyata pratéla1580 – supaya sarupa-ning jiwa winales kalawan apa lakuné.

candhakipun nedahaken kanthi terang, bilih ing wekdal wau Kanjeng Nabi Musa tampi wahyu saking ngarsanipun Pangéran. Lah dados sampun terang sanget, bilih anggènipun mirsani latu wau ugi sapéranganing wahyu, dados anggènipun mirsani latu wau kalayan nétra ruhani. Wonten ing panggènan sanès (42:51) Quran Suci nyebutaken, bilih wahyu punika tumurunipun dhateng manusa namung sarana margi warni tiga, sarta tiga-tiganipun wau sadaya, tiyang ingkang tampi wahyu kaparingan indriya ingkang mligi, ingkang badhé dipun anggé ngraosaken lan ningali barang-barang (mirsanana 2235).

Prayogi katerangaken pisan, bilih latu punika pasemonipun peperangan kados déné ingkang katerangaken ing Quran Suci piyambak makaten: “Saben-saben padha angurubaké genining paprangan, iku Allah sing nyirep” (5: 64). Dados Kanjeng Nabi Musa mirsani latu, punika mengku sasmita anggènipun badhé peperangan kaliyan raja Fir’aun, utawi, ambokmanawi kémawon nyasmitani anggènipun badhé peperangan kaliyan bangsa-bangsa ingkang ngenggèni Tanah Suci.

1579. Dhawuh ingkang maréntahaken nyopot tarumpah, punika dhawuh éntar, mengku suraos ngresiki manah sampun ngantos kisénan pamanahan dhateng anak sémah lan bandha (Bd). Miturut ngulami sanès, “punika dhawuh ingkang mengku karsa nyandhet; kados déné manawi tiyang badhé nyandhet tiyang sanès, punika tembungipun: Uculana panganggomu lan tarumpahmu lan sasaminipun.” (TA-LL)

Tembung thuwan utawi thuwâ, kula maknani kaping pindo; tegesipun binarkahan kaping pindo,inggih punika dados sifatipun jujurang. Utawi inguwuh kaping pindo, inggih punika wangsul dhateng anggènipun Kanjeng Nabi Musa inguwuh (dhinawuhan déning Pangéran). Nanging inggih wonten malih ingkang gadhah paham, bilih Thuwâ punika namanipun jurang. Rgh nyukani katerangan ingkang angka tiga, pangandikanipun, tembung thuwâ (ingkang wantahipun ateges anggulung), punika anggènipun kadhawuhaken kalayan mengku maksud mangandikakaken anggènipun kapiji Kanjeng Nabi Musa, ngantos anggènipun saged anggayuh tujuan ingkang adiluhung wau, boten sisah mawi sinartan saking pambudidayanipun piyambak.

1580. Dhawuh pangandika punika asring dipun suraos kalayan boten leres.

Ar. dipa-ngandikani

Ut. kaping pindho

Page 98: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Tha Ha Juz XVI 852

16 Mulané, aja nganti wong kang ora angèstu ing iki sarta tutburi pépénginané kang asor angéngokaké sira saka ing kono, mundhak sira tumiba ing rusak.

17 Lan apa iki, kang ana ing tanganira tengen, o, Musa!

18 Unjuké: Punika teken kawu-la; kawula anggé teteken saha kawula anggé anggepyokaken rarambanan ménda kawula tuwin kawula anggé sanès-sanèsipun.

19 Pangandikané; Iku uncalna, é, Musa!

20 Tumuli diuncalaké, lah ing kono jebul iku (dadi) ula luma-ku.1581

21 Pangandikané: Cekelen iku sarta aja sira wedi, bakal Ingsun balèkaké marang kahanané saka-wit.

Ikhfâ punika salah satunggalirg tembung-tembung ingkang gadhah teges ingkang kosokwangsul Nanging nitik sasambetanipun dhawuh, cetha manawi boten ateges nyingidaken. Ingkang karembag wonten ing ayat punika bab prakawis dhatengipun titining mangsa lan bab prakawis dhumawahipun ganjaran lan siksa; lah punika terang manawi ambikak warana utawi damel cetha pratélanipun titiningmangsa wau, awit dhumawahing ganjaran lan siksa, punika kalampahanipun manawi titining mangsa wau sampun dhateng. Kedah dipun pèngeti, bilih titining mangsa, punika boten mesthi ateges kiyamat; kosokwangsulipun, asring kémawon tembung wau ateges dhumawahing siksa dhateng satunggaling umat, inggih punika titimangsanipun sirnaning kaluhuran lan panguwaosipun umat wau.

1581. Kados déné ingkang sampun kula aturaken ing ngajeng, sadaya punika dipun alami déning Kanjeng Nabi Musa nalika panjenenganipun dumunung wonten salebeting kawontenan ingkang tartamtu, ingkang mligi dipun alami déning tiyang manawi saweg nampèni wahyuning Pangéran. Bab punika sampun kula terangaken sawatawis panjang wonten ing 926. Ing ngriki kénging kula wewahi katerangan sakedhik, bilih ing ngriki Quran suka pasaksèn bilih punapa ingkang kaparingaken pirsa dhateng Kanjeng Nabi Musa ing wekdal wau, punika mengku teges ingkang langkung lebet malih. Bab punika sampun kasebutaken kalayan cetha wonten ing ayat 23, inggih punika kasebutaken, bilih maksudipun anggelar tandhayakti punika, supaya Ingsun anuduhaké sawenèhing tandha-tandha- Ningsun kang luwih gedhé. Dados tandhayekti kakalih ingkang kasebutaken ing ngriki, punika menggah ing sajatos-jatosipun mengku teges anedahaken prakawis ingkang langkung ageng malih. Manawi badhé mangertosi punika, kula sami perlu ningali punapa tegesipun tembung ‘ashâ punika. Punika sampun katerangaken wonten ing 96, ing ngriku sampun katerangaken bilih tembung ‘ashâ,punika mengku teges sacara entar: umat. Dados Kanjeng Nabi Musa mirsani agemipun lantaran malih dados sawer ingkang saged lumampah, punika mengku teges bilih umatipun, inggih punika bangsa Bani Israil, ingkang nalika kabawah raja Fir’aun dumunung wonten ing dalem kawontenan pejah budinipun, punika boten dangu malih mesthi badhé dados bangsa ingkang gesang.

Page 99: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 20 Lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa 853

22 Lan tanganira sira selobokna marang lempèngira, iku metuné bakal putih warnané, tanpa cacad: Tandha siji manèh:1582

23 Supaya Ingsun anuduhaké sawenèhing tandha-tandha-Ning-sun kang luwih gedhé:

24 Lumakua marang (panggona-né) Fir’aun; sayekti dhèwèké iku andaluya banget.

RUKU’ 2

Lalampahanipun Nabi Musa

25 Unjuké: Dhuh Pangéran ka-wula! mugi Tuwan anjembaraken dhadha kawula:

26 Saha anggampilaken praka-wis kawula:

27 Tuwin angudhari bundhela-ning ilat kawula:1583

28 (Supados) piyambakipun sa-mi mangertos wicanten kawula:

29 Saha mugi amaringi pam-bantu dhateng kawula (unusan) saking kulawarga kawula:1584

1582. Kanthi angèngeti ingkang sampun katerangaken ing nginggil wau, yadu baidlâ’, punika ing- gih mengku teges ingkang lebet ingkang wantahipun ateges asta pethak, punika mengku teges jawinipun pasaksèn (hujjah = argument) ingkang kadamel sakalangkung déning terang gamblang (TA); tuwin ateges pasaksèn (hujjah), katerangan utawi tandhayakti ingkang gumelar utawi dipun gelaraken (M-LL). Kanjeng Nabi Musa dipun paringi pirsa asta pethak, punika ateges bilih panjenenganipun mesthi badhé saged anggelar pasaksèn ingkang saged suka kayakinan, utawi ateges wahyu saking nginggil ingkang kedah dipun alap papadhang.

1583. Manawi namung ngupadosi “bundhelan” utawi groyokipun lisan kémawon ndadak mawi ambesmi ilat, punika nama merdèni dhawuh punika kalayan cacriyosan ingkang nyebal ngadat. Miturut LA (bundhelaning ilat) punika jawinipun kasar utawi kakenipunilat. Tiyang ingkang wonten ‘uqdah (bundhelanipun) wonten ing ilatipun, punika winastan ‘aqid, sarta katerangaken déning LL ateges tiyang ingkang groyok boten saged wicantenan ingkang kanthi sakéca.

1584. Wazir (saking tembung wizr, tegesipun sasanggèn), punika wantahipun ateges tiyang ingkang nyangkul sasanggèn, mila lajeng ateges pambantu, awit pambantu makaten nyangkul

Page 100: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Tha Ha Juz XVI 854

30 Harun, sadhèrèk kawula.

31 Mugi Tuwan anyantosakaken geger kawula mawi piyambakipun:

32 Saha anganthèkaken piyam-bakipun (dhateng kawula) ing dalem prakawis kawula.

33 Supados kawula mawantu-wantu Mahasucèkaken ing Tuwan:

34 Tuwin mawantu-wantu ènget ing Tuwan:

35 Saèstu Tuwan punika mirsani kawula.

36 Pangandikané: Sayekti sira katekan panyuwunira, o, Musa.

37 Lan sayekti temen Ingsun wus amaringi nugraha marang sira ing waktu liya;

38 Nalika ingsun amedhar sabda marang ibunira barang kang kawe-dharaké:

39 Pangandika-Ningsun; Dhè-wèké cemplungna ing jeroning kendhaga, banjur cemplungna ing kali; si kali banjur anguncalaké dhèwèké menyang gigisik; ing kono dhèwèké bakal dijupuk sawijining wong kang mungsuh tumrapé Ingsun lan mungsuh tumrapé dhèwèké; lan Ingsun wus angruntuhaké katresnan saka Ingsun marang sira, lan supaya sira digula wenthah atas (panjangku-nging) tingal-Ingsun:1585

sasanggèning sanès. Tembung punika ugi kénging dipun jarwani papatih, awit sampun kaprah tembung wau dipun anggé kalayan mengku teges papatihing ratu.

1585. Punika cocog kaliyan cacriyosan ing Bébel. Kanjeng Nabi Musa punika wiyosipun nalika jaman raja Fir’aun andhawuhaken sarupining bayi anakipun tiyang lsrail ingkang medal jaler kedah kacemplungaken dhateng benawi Nil. Ingkang ibu Kanjeng Nabi Musa saged ngumpetaken Kanjeng

Page 101: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 20 Lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa 855

40 Nalika sadulurira wadon lumaku banjur calathu: Punapa sampéyan purun kula tedahi tiyang ingkang saged ngemong piyam-bakipun? Tumuli sira Ingsun balèkaké marang biyungira, supaya adhema mripaté lan aja susah;1586

lan (biyèn) sira matèni sawijining wong, tumuli sira Ingsun slamet-aké saka ing susah, apa déné sira Ingsun coba kalawan coba (kang abot). Banjur sira tataunan mang-gon nunggal wong Madyan;1587

tumuli sira teka mrana kaya kang wus pinasthi, o, Musa:

41 Lan sira Ingsun pilih dadi pipijèn-Ingsun:

42 Mangkata, sira karo sadulur-ira angemban timbalan-timbalan-Ingsun sarta aja padha léna ing élingira marang Ingsun:

43 Sira sakaroné padha mang-kata marang Fir’aun, sayekti dhèwèké iku ambalasar:

44 Tumuli sira calathua marang dhèwèké kalawan calathu kang alus supaya dhèwèké éling utawa wedi.

45 Unjuké: Pangéran kawula! saèstu kawula sami kuwatos manawi piyambakipun agahan miawon dhateng kawula, utawi manawi piyambakipun dados am-balasar.

Nabi Musa ngantos tigang wulan, nanging ing wasananipun sareng boten saged kaumpetaken malih, Kanjeng Nabi Musa lajeng dipun cemplungaken ing benawi mawi winadhahan ing kendhaga ingkang kadamel saking méndhong. Salajengipun Kanjeng Nabi Musa dipun entasaken déning putranipun putri raja Fir’aun (Pangentasan 2: 1-10).

1586. Mirsanana Pangentasan 2: 7-9.1587. Mirsanana Pangentasan 2: 11-15.

Ar. kalawan

Page 102: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Tha Ha Juz XVI 856

46 Pangandikané: Aja sira padha kuwatir, lah sayekti Ingsun anyartani sira sakaroné: Ingsun midhanget lan mirsani:

47 Mulané sira sakaroné tekaa marang dhèwèké, banjur calathua: Kula kakalih punika sami utusan-ipun Pangéran paduka, milanipun para turun Israil paduka dhawuhi tumut kula sarta sampun sami paduka siksa. Saèstu, dhateng kula ing paduka angemban timbalan saking Pangéran paduka, sarta rahayu tumrap sintena ingkang manut pitedah.

48 Saèstu, temen sabda kawe-dharaken dhateng kula, bilih siksa punika dhumawah dhateng sintena ingkang maiben lan maléngos.1588

49 (Fir’aun) calathu: Lah sapa Pangéranmu, o, Musa?

50 Calathuné: Pangéran kula pu-nika Ingkang aparing tumitahipun samukawis, tumunten katuntun (dhateng sedyaning dumados-ipun).1589

51 Calathuné: Lah kapriyé kaha-nané bangsa sing dhisik-dhisik.

1588. Punika mengku pèpènget ingkang cetha pratéla dhateng raja Fir’aun, badhé kados pundi kadadosanipun manawi angemohi.

Kanjeng Nabi Musa lan Kanjeng Nabi Harun kadhawuhan andhatengaken dhawuh punika. Cariyos lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa lan Kanjeng Nabi Harun nalika bidhal sowan raja Fir’aun, sarta anggènipun andumugèkaken dhawuh punika, ing ngriki boten kasebutaken. Ayat candhakipun nyebutaken wangsulanipun raja Fir’aun dhateng panyuwunipun Kanjeng Nabi Musa lan Kanjeng Nabi Harun wau.

1589. Ayat punika mengku bukti bilih Wahyuning Pangéran katurunaken, punika perlu sanget. Ayat punika andhawuhaken, bilih boten prabéda lan anggènipun Allah sampun anitahaken sadaya barang, sarta lajeng maringi dhateng barang-barang wau sifat-sifat lan sarana-sarana ingkang badhé dipun anggé lantaran anggayuh kasampurnanipun (awit inggih makaten punika tegesipun ingkang sajatos tembung hadâ, utawi nuntun dhateng sedyaning dumadosipun punika), lah makaten ugi manusa, kanggé anggayuh ing kasampurnanipun ruhani, inggih ambetahaken dhateng tuntunan ruhani tuwin budipakerti.

Page 103: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 20 Lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa 857

52 Calathuné: Kawruh prakawis punika wonten ing ngarsanipun Pangéran kula ing dalem kitab: Pangéran kula boten badhé kalèntu sarta boten badhé supé:

53 Ingkang sampun andadosaken bumi gumelar tumrap dhateng paduka sadaya sarta andadosaken margi ing ngriku tumrap paduka sadaya punapa déné anurunaken toya saking mendhung; tumuli iku Ingsun anggo angetokaké tutu-wuhan jinis akèh mawarna-warna:

54 Padha sira pangana sarta padha sira engonana rajakayanira; sayekti, ing kono iku temen ana tandha-tandha tumrap para kang kasinungan akal.

RUKU’ 3

Lalampahanipun Nabi Musa

55 Saka iku Ingsun andadèkaké kowé lan marang iku Ingsun bakal ambalèkaké kowé lan saka iku Ingsun arsa nangèkaké kowé kang kaping pindhoné.

56 Lan sayekti, temen Ingsun wus ameruhaké dhèwèké tandha-tandha-Ningsun, sakabèhé, ana-nging dhèwèké maido lan ange-mohi.

57 Calathuné: Apa tekamu mré-né karana arep ngetokaké aku saka buminé asarana kemayanmu, o, Musa?

58 Mulané aku iya arep anekak-aké kemayan ing kowé padhané iku; mulané ayo gawéa prajanjian

Page 104: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Tha Ha Juz XVI 858

antarané aku karo kowé, aja padha ambalènjani – aku karo kowé – (ana ing) papan kang tengah-tengah.

59 (Musa) calathu: Janjian sam-péyan ing dinten pasamuan, sarta titiyang supados sami ngempal ing wanci énjing.

60 Tumuli Fir’aun mungkur, banjur anetepaké upayané; tumuli teka.1590

61 Musa acalathu marang dhè-wèké padha: Cilaka sampéyan sadaya, sampun sami adamel-damel gogorohan tumrap ing Allah, mindhak sampéyan linebur kalayan siksa. Lan sinten ingkang adamel-damel (gogorohan) saèstu boten kadumugèn (kajengipun).

62 Dhèwèké banjur papadon padha (sakancané) dhéwé bab prakarané, sarta anggoné padha rerembugan winadi.

63 Padha calathu: Iki sakaroné temen ahli kemayan, padha arep angetokaké kowé kabèh saka ing buminé kalawan kemayané, sarta arep anyirnakaké tata ngadatmu kang adiluhung.

64 Mulané padha anetepna ran-canganmu; tumuli padha majua ababarisan, lan temen banget beja sapa kang unggul ing dina iki.

65 Padha calathu; É, Musa! apa kowé apa ta aku kang anibakaké dhisik?

1590. sarta kalih-kalihipun sami déné ateges namtokaké utawi netepaképrakarané; awit saking punika punika lajeng, ateges namtokaké utawi netepaké (LL) upayané. Bab prakawis tegesipun tembung kaid mirsanana 965.

Ut. antara-né dhèwèké

Ut. para panggedhé-mu kang linuhung

Ut. upaya-mu

Ar. kowéanibakaké

Page 105: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 20 Lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa 859

66 Calathuné: O, lha, kowé padha anibakna. Lah ing kono dhadhung-dhadhungé lan teken-tekené – amarga saka kemayané katon tumrap dhèwèké kaya-kaya padha lumaku.1591

67 Ing kono Musa ing sajroning atiné rumasa wedi.

68 Ingsun angandika: Aja wedi, sayekti sira iku bakal luwih unggul:

69 Lan tibakna apa kang ana ing tanganira tengen iku; iku bakal anguntali barang gagawéané; iki mung gagawéan upayané ahli kemayan, lan ahli kemayan iku saka ngendi-endia tekané ora bakal beja.

1591. Kakiyatanipun barang ingkang boten yakti, punika ing sawatawis wekdal katingal kados badhé angsal kamenangan; nanging boten dangu mesthi lajeng kawon. Punapa sajatosipun dhadhung-dhadhung wau lan teken-teken wau, sarta punapa tegesipun dhadhung lan teken wau sami lumampah, Bébel babar pisan boten suka ancer-ancer dhateng kula sami kanggé mangertosi punika. Ing sawenèh panggènan, Kitab Quran maringi susuluh sawatawis; minangka tuladha, kadosta ing 7: 117 katerang-aken, bilih punika gogorohan kang padha diucapaké. Tembung ‘asha lan habal punika wonten ing basa Arab, kanggènipun kalayan sacara warni-warni. Minangka tuladha, tembung (ingkang wantahipun ateges anggebug ing dhèwèké kalawan tekening panacad) punika sajatosipun ateges: nacad ing dhèwèké kalawan ngluwihi wates. Malih, tembung (ingkang tegesipun wantah si Suta nglencengaké tekené si Naya sarana dipanggang ing geni), punika ateges: Si Suta mangrèh utawi mranata prakarané si Naya. Makaten ugi (ingkang tegesipun wantah: aku nglènyèm kayu kanggo anggawékaké teken dhèwèké), punika ateges: aku medharake marang dhèwèké sabarang kang ana ing atiku. Sarta tembung ‘ashâ punika sami kaliyan tembung lisan, jawinipun: ilat (TA-LL). Makaten ugi habal ateges barang sanèsipun malih kajawi dhadhung utawi tampar. Menggah ing sajatos-jatosipun tembung habal punika ateges sadhéngahbarang ingkang kénging kanggé anggayuh utawi andumugèkaken ing satunggaling barang – Rgh: .

sarta sabdanipun Pangéran punika inggih winastan habal (3: 102). Dados, utawi gogorohan kang padha diucapaké, punika nerangaken kawonte- nanipun ingkang sajatos dhadhung-dhadhung lan teken-teken wau, déné kagemipun tembung kakalih wau, kalayan cetha ngiyataken pupuntoning pamanggih punika. Bab prakawis punika taksih dipun kiyataken malih déning hadits kados déné ingkang katerangaken ing 148, inggih punika: wileting wicara punika winastan sihir, kemayan, sami plek kaliyan tembung ingkang kagem wonten ing ngriki.

Page 106: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Tha Ha Juz XVI 860

70 Ing kono para ahli kemayan dadi padha anjungkel, sumung-kem; calathuné: Aku padha angès-tu ing Pangérané Harun lan Musa.a

71 (Fir’aun) calathu: Kowé padha angèstu marang dhèwèké ing sadurungé aku awèh palilah marang kowé; sayekti dhèwèké iku temen panggedhému kang mulang kemayan ing kowé; mulané bakal masthi padha dakkethok tanganmu sarta sikilmu aseling sisih, lan masthi kowé bakal dakpenthèng ing uwiting kurma, tuwin masthi kowé bakal padha weruh, sapa ing kono kang luwih keras lan luwih ageng siksané.

72 Dhèwèké padha calathu: Kula sami boten milih panjenengan angungkuli bukti-bukti ingkang sampun dumugi ing kula sarta (angungkuli) Ingkang sampun ani-tahaken kula; milanipun panjene-ngan pancasi punapa (sakarsa) panjenengan amancasi; panjene-ngan punika namung saged man-casi gesang ing donya punika:

73 Saèstu kula sami angèstu ing Pangéran kula, amurih Panjene-nganipun angapunten kula ing kalepatan kula tuwin kemayan ingkang panjenengan peksakaken dhateng kula; lan Allah punika langkung saé tuwin Langkung-langgeng.

74 Sayekti, sapa sing tumeka marang Pangérané kalawan dosa, lah sayekti bagéané naraka; ora bakal mati ana ing kono lan ora bakal urip.1592

1592. Tiyang ingkang wonten ing naraka boten gesang, awit gesang makaten ngemungaken badhé

a. 930

Page 107: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 20 Lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa 861

75 Lan sapa sing tumeka marang Panjenengané kalawan angèstu (sarta) temen anglakoni panggawé becik, lah iki kang olèh darajat kang luhur.

76 Patamanan langgeng, kang ing jeroné kali-kaliné padha mili, padha manggon ing kono; lan yaiku pituwasé wong kang anucèni diriné.

RUKU’ 4

Lalampahanipun Nabi Musa

77 Lan sayekti temen Ingsun wus amedhar sabda marang Musa, pangandika(-Ningsun): Lumakua ing wayah bengi karo para kawula-Ningsun, banjur dhèwèké padha sira gawèkna dalan garing ana ing sagara, aja sira kuwatir ketututan sarta aja sira wedi.1593

78 Lan Fir’aun sawadaya-balané anututi dhèwèké, tumuli sagara anungkep anyilep (Fir’aun sawa-dya-balané).

79 Lan Fir’aun iku anasaraké bangsané tuwin ora nuntun ing dadalan bener.

80 O, turuning Israil! temen Ingsun wus anyalametaké sira saka ing mungsuhira, lan Ingsun wis aprajanjian karo sira ana ing lam-bunging gunung kang binarkahana

apa déné Ingsun wus anurunaké manna lan salwa marang sira.b

dipun paringaken dhateng para ingkang gesang ruhaninipun ing gesang sapunika punika; sarta boten badhé pejah, awit pejah makaten ateges kèndel anggènipun nandhang siksa.

1593. Punika anedahaken, bilih ing nalika wekdal wau ing saganten wonten marginipun ingkang garing. Sarta punika ugi anedahaken, bilih margi wau namung satunggal, déné margi kalihwelas iji

Ar. wongangèstu

Ar. ngisoré

Ar. barang kang anung-kep dhèwèké saka sagara anungkep dhèwèké

a. 105

b. 790

Page 108: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Tha Ha Juz XVI 862

81 Padha mangana barang kang apik-apik paparing-Ingsun ing sira, lan aja padha lacut ing kono, mundhak bendu-Ningsun dadi bubuhanira, lan sapa-sapa kang kabubuhan bebendu-Ningsun, amasthi lebur.1594

82 Lan sayekti ingsun iki temen banget Aparamarta marang sapa-sapa kang mratobat lan angèstu apa déné anglakoni panggawé becik tumuli lastari ngambah dadalan bener.

83 Lan apa ta karanané pang-gégénira saka kaumira, o, Musa?

84 Unjuké: Ing ngriki piyambak-ipun sami nurut tapak tilasing suku kawula saha anggèn kawula ang-gégé marek ing Tuwan, Pangéran kawula, punika amurih pirena Tuwan (ing kawula).

85 Pangandikané: Lah sayekti temen Ingsun wus anyoba kaumira ing sapungkuré, lan padha di-sasaraké déning Samiri.1595

kados ingkang katerangaken déning para mufassir, punika boten kasebut wonten ing Quran Suci. Kula aturi mirsani ugi 82.

1594. Halla, punika dadosipun fi’il mudlari’ : yahillu lan yahullu, déné mashdar-ipun sami inggih punika halul. ingkang mudlari’-ipun yahillu, punika ateges dadi bubuhané dhèwèké, déné ingkang mudlari’-ipun yahullu, tegesipun nibani dhèwèké utawi tumurun marang dhèwèké(TA-LL). Rèhning tembung ingkang kasebut ing ngriki punika jahillu, boten yahullu, mila tegesipun ingkang leres tembung wau: bendu Ningsun bakal dadi bubuhanira.

1595. Punapa Samiri punika sawenèh luluhuripun tiyang Samaria punapa sanès, boten perlu karembag. Ayat punika namung anedahaken bilih sawenèh tiyang, nanging sanès Kanjeng Nabi Harun, tanggel jawab ing prakawis damel pedhèt wau. Manut kitab-kitab Yahudi (mirsanana Yewish En., art “Calf”) sajakipun ingkang rumiyin piyambak nyuwun kadamelaken pedhèt punika titiyang Mesir ingkang tumut kaliyan para titiyang Israil. ‘Athâ’ gadhah pamanggih manut pahamipun I’Ab, bilih piyambakipun punika tiyang Mesir ingkang iman (angèstu) dhateng Kanjeng Nabi Musa sarta lajeng tumut kaliyan titiyang Israil (Rz). Pamanggih ingkang mastani bilih piyambakipun punika èwonipun titiyang ingkang sami nembah pedhèt, punika ugi wonten aluranipun saking I’Ab (Rz).

Page 109: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 20 Lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa 863

86 Tumuli Musa bali marang kaumé, kalawan nesu, prihatin. Calathuné: O, kaumku! apa Pangé-ranmu ora wus anjanjèni janjian kang becik marang kowé? Lah apa ta kelawasen tumrapé kowé wak-tuné, apa ta kowé iku angajab tumibaning bendu saka Pangéran-mu ing kowé, déné kowé nganti padha ambalénjani janji(-mu) ing aku?

87 Padha acalathu: Anggèn kula ambalénjani janji (kula) ing sam-péyan punika boten saking moga kula piyambak, ananging (amargi) kula sami dipun momoti momotan rajabrananipun kaum punika, lajeng sami kula sèlèhaken, lah kados makaten punika pamrayogi-nipun Samiri.1596

88 Banjur iki anggawèkaké pe-dhèt ing dhèwèké, (namung arupa) awak, duwé swara; banjur dhè-wèké padha calathu: Iki sesemba-hanmu sarta sesembahané Musa, ananging dhèwèké kelalèn.1597

1596. Saged ugi titiyang Israil sami nyambut papaès saking titiyang Mesir, kados déné ingkang kasebut ing Pangentasan 12: 35, sarta ingkang dipun kajengaken ing ngriki punika saged ugi inggih papaès wau. Utawi saged ugi namung ateges, bilih bangsa Bani Israil ingkang taksih ngulandara punika, ingkang dèrèng kulina kaliyan barang-barang punika, lajeng sami nyangkok pakulinan punika saking titiyang Mesir, sarta ing sapunikanipun lajeng sami nyèlèhaken papaès wau margi saking pamrayogi- /

/nipun Samiri. Limrahipun tembung punika dipun suraos mengku teges, bilih Samiri inggih nyèlèhaken papaèsipun. Tembung alqâ punika pancèn inggih ateges andhawahaken, nanging ing ngriki punika lésanipun tembung alqâ wau boten kasebutaken. Atur wangsulanipun kaumipun Kanjeng Nabi Musa, kalayan terang anyebutaken bilih anggènipun sami gadhah tindak ingkang makaten wau, boten saking moganipun piyambak; awit saking punika, mila suraos ingkang kawengku wonten ing dhawuh ing wekasaning ayat punika boten sanès inggih pangojok- ojokipun Samiri ingkang katiyupaken dhateng manahipun kaum wau, Tembung punika tegesipun: niyupaken dhateng manah utawi anggodha (Kull-LL). Tembung wau ugi ateges ngaken nyerat (Msb-LL). Dados kadhâlika, ingkang tegesipun lah kaya mangkono iku, punika wangsul dhateng maksud badhé nyèlèhaken papaès-papaès wau.

1597. Miturut l’Ab, pedhèt wau boten saged nyuwanten lan boten gadhah roh; déné suwantenipun wau tuwuh sabab saking angin ingkang lumampah medal ing growonganing awak-awakan ingkang kadamel saking métal wau (JB)

Page 110: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Tha Ha Juz XVI 864

89 Lah apa ta padha ora weruh, manawa iku ora bisa amangsuli calathu marang dhèwèké sarta ora bisa agawé pituna lan ora (bisa agawé) piguna.1598

RUKU’ 5

Lalampahanipun Nabi Musa: Kautusipun kanjeng Nabi Suci

90 Lan temen ing sadurungé iku Harun wus calathu marang dhè-wèké: É, kaumku! iku mung kanggo nyoba kowé padha, lan sayekti Pangéranmu iku Ingkang-Mahamurah, mula padha manuta aku sarta ambangunturuta parén-tahku.1599

91 Padha calathu: Boten pisan kula sami badhé amantuni anggèn kula manembah punika, ngantos sawangsulipun (Nabi) Musa mriki.

92 (Musa) calathu: O, (kakang) Harun! punapa ingkang ngalang-alangi sampéyan nalika sampéyan sumerep piyambakipun sami sasar,

93 Déné sampéyan boten manut kawula? Punapa sampéyan ang-lirwakaken paréntah kula?

94 Calathuné: O, putrané sibu! Aja sariramu nyekel jenggotku lansirahku; sayekti aku iki kuwatir, manawa sariramu bakal ngandika:

1598. Bukti ingkang kawarsitakaken ing ayat punika anedahaken, bilih Quran Suci nglepataken sanget nembah sawarnining sesembahan ingkang boten saged mangsuli panyuwunipun para ingkang sami nembah lan boten saged nguwaosi pepesthènipun. Dados manawi makaten, manut bukti punika, para ingkang leres anggènipun manembah ing Pangéran punika mesthi dipun pinangkani panyuwun-ipun.

1599. Manut ayat punika, tétéla bilih Kanjeng Nabi Harun punika boten tumut-tumut damel pedhèt, malah kosokwangsulipun, panjenenganipun ngawisi umatipun nembah pedhèt. Lah ing ngriki Quran sulaya kaliyan Bébel, awit ing ngriki Quran andhawuhaken, bilih Kanjeng Nabi Harun, nabinipun Allah, suci saking dosa nyakuthokaken Allah.

Ar. dhateng kula

Ar. lan aja

Page 111: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 20 Lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa 865

Sampéyan adamel pepecahan anta-wisipun para turun Israil sarta boten angentosi pirembag kula.

95 Calathuné: Lah apa ta se-dyamu, o, Samiri?

96 Calathuné: Kula sumerep barang ingkang piyambakipun sami boten sumerep, lan kula miturut lampahipun utusan namung sapérangan, tumunten punika kula bucal; kados makaten jiwa kula anggènipun amaès-maèsi (punika) tumrapipun kula.1600

97 Calathuné: Lah lungaa, sayekti tumrapé kowé, ing urip iki, mungguh yèn calathua: Aja anggepok (aku); lan sayekti ana pangancam tumrap marang kowé, kang ora kena kosinggahi, sarta andelenga marang sesembahanmu, kang tansah dadi paraning panem-bahmu; iku masthi bakal dak-obong, tumuli bakal dakawut-awut sumebar ing sagara.1601

1600. Dodongèngan-dodongèngan ingkang kadamel awit saking dhawuh ingkang terang gamblang /

punika boten pantes dipun pèngeti. Kados cekap katerangaken kémawon, dalasan Rz inggih boten ajeng dhateng dodongèngan-dodongèngan wau. Cariyos ingkang nerangaken bilih utusan wau malaikat Jibril, punika namung panginten-inten balaka. Makaten ugi dodo- ngèngan bilih malaikat Jibril numpak kapal, sarta (ingkang wantahipun ateges tapak tilasing padanipun utusan) dipun tegesi tapaking taracakipun kapal, punika lugu namung pangothak-athik, babar pisan boten wontenipun saking Quran. Rasul utawi utusan, punika terang manawi Kanjeng Nabi Musa piyambak; atsaripun punika tegesipun sunnahipun, inggih punika tindak saha pangandikanipun, serta teges makaten punika sadaya para ahli mesthi angrujuki (LL), awit tembung wau wonten ing kitab-kitabipun agami kaum Muslimin sampun misuwur lan sampun kelimrah mengku teges makaten wau. Déné tembung qabdlatun, punika mendhet utawi manut tindak wau namung ing sapérangan, awit qabdlatun makaten ateges mendhet sapendhetan, utawi namung satekem,liripun namung sabagéan alit. Dados tegesipun sampun cetha: tiyang ingkang damel pedhèt, ngaken anggadhahi pangertosan dhateng barang-barang langkung katimbang titiyang Israil, sarta ngakeni bilih namung sapérangan piwulangipun Kanjeng Nabi Musa ingkang dipun anggé, tuwin walèh bilih piwulang ingkang namung sapérangan wau, ing sapunikanipun dipun bucal pisan sarta lajeng damel pedhèt dipun anggé sesembahan.

1601. Punika nedahaken bilih awuning pedhèt wau kacemplungaken ing saganten, dados dodongèngan ingkang nyariyosaken, bilih titiyang Israil dipun ombèni toya ingkang kacampuran

Ut. tapak tilasipun padanipun

Page 112: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Tha Ha Juz XVI 866

98 Sesembahanira iku mung Allah; ora ana sesembahan kajaba Panjenengané; panjenengané nge-mot samubarang ‘ilmu(-Né).

99 Kaya mangkono anggon-Ingsun anyaritakaké marang sira sawenèhing pawartané barang kang wus kalakon biyèn; lan sayekti Ingsun wus aparing Pépé-ling marang sira saka ngarsa-Ningsun.

100 Sapa sing malèngos saka ing kono, lah sayekti dhèwèké iku ing dina kiyamat bakal ang-géndhong momotan.

101 Padha manggon ing (kaha-nan) kono, lan ing dina kiyamat ala bakal sasanggané tumrap dhèwèké:

102 Ing dina nalika salomprèt bakal sinebul sarta Ingsun bakal angimpun para wong dosa, padha biru mripaté, ing dina iku;1601A

103 Dhèwèké padha rerembu-gan sisidheman: Anggonmu padha manggon mung sapuluh (abad).1602

awuning pedhèt, punika babar pisan boten dipun akeni déning Quran Suci (mirsanana 137). Pidana ingkang kapatrapaken dhateng Samiri, inggih punika kasébrataken saking babrayan, piyambakipun ingawisan boten kénging sasambetan utawi lalayanan kaliyan titiyang Israil.

1601A. Tembung zurqâ punika tegesipun mripat biru, sarta punika minangka cirinipun bangsa, ingkang ing ngriki kapangandikakaken badhé dipun impun punika. Miturut Bd, mripat biru punika mripatipun tiyang Rum (inggih punika bangsa Yunani utawi bangsa Rum). Bangsa Arab gething sanget dhateng bangsa Rum wau, lan bangsa Arab sami gadhah panganggep, bilih awon-awoning mripat punika mripat biru. Tembung punika ugi ateges wuta; cocogipun kaliyan dhawuhing ayat 124, inggih punika ing dinten kiyamat para titiyang dosa sami badhé dipun tangèkaken wuta.

1602. Lésanipun tembung ‘asyrâ (sadasa) boten kasebutaken. Nanging kados déné ingkang kadhawuhaken ing panggènan sanès, para titiyang ingkang tresna ing dosa sami kepéngin sanget sageda gesang ngantos sèwu taun (2: 96), sarta para titiyang wau sami kapangandikanan, bilih nadyan dipun parengna saged gesang ngantos samanten dangunipun wau, meksa inggih boten saged nebihaken piyambakipun saking siksa. Lah nitik punika, sajakipun ingkang dipun kajengaken ing ngriki punika, para titiyang wau sami badhé ngalami karaharjan ngantos sadasa abad laminipun. Utawi, manawi sadasa wau kasuraos sadasa dinten, tumrap umuripun satunggaling bangsa, sadasa dinten punika inggih ateges sadasa abad.

Page 113: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 20 Ingkang angalang-alangi 867

104 Ingsun luwih wikan marang apa rerembugané, nalika kang be-cik dhéwé lakuné acalathu: Olèh-mu padha manggon iku mung sadina.1603

RUKU’ 6

Ingkang sami angalang-alangi Kanjeng Nabi sami dipun asoraken

105-111. Para gugununganipun ingkang sami mengsahi badhé sami dados teluk. 112. Kamenenganipun para ingkang sami angèstu. 113-115. Pèpènget.

105 Lan dhèwèké padha takon marang sira prakara gunung-gunung. Lah wangsulana: Iki bakal padha binedol rungkad déning Pangéranku.

106 Banjur ginawé rata angen-thak-enthak,1604

107 Ing kono sira ora bakal andeleng kang mèncèng lan kang mendhak mandhukul.

108 Ing dina iku dhèwèké bakal padha miturut juru-anguwuh; iki ora ana malèncèngé, lan swara-swara bakal lirih ana ngarsané Ingkang-Mahamurah, mulané sira ora bakal ngrungu kajaba kalesik-kalesik.1605

1603. Jalaran sadinten punika sami kaliyan sèwu taun. Mirsanana 22: 47: “Lan dhèwèké padha anjaluk marang sira anggégé siksa, lan ora bakal Allah iku anulayani janji-Né, lan sayekti, sadina mungguhing Allah iku kaya sèwu taun miturut pangétungmu.” Tiyang ingkang sinebut kang becik dhéwé lakuné, punika tiyang ingkang ngèngetaken piyambakipun dhateng janjining Pangéran punika.

1604. Tembung jabal punika tegesipun redi, sarta inggih ateges gustinipun utawi sesepuhipunsatunggaling kaum (Q, TA-LL). Nitik suraosing sasambetanipun dhawuh, teges ingkang kasebut kantun wau ingkang kakarsakaken kagem wonten ing ngriki punika. Mirsanana ayat 108: “Ing dina iku dhèwèké bakal padha miturut juru-anguwuh.” Makaten ugi tumrap ayat kakalih candhakipun, kedahipun kasuraos manut teges wau, terangipun: ayat kakalih wau nerangaken sumingkiripun sawarnining alangan ingkang ngalang-alangi sumiyaripun yakti.

1605. Juru-anguwuh ingkang boten wonten malèncèngipun, punika boten sanès kajawi inggih Kanjeng Nabi Suci piyambak, kados déné ingkang kalayan cetha kasebutaken ing panggènan sanès makaten: “Kang wus anurunaké Kitab marang kawula-Né, sarta ing jeroné Panjenengané ora adamel bèngkong (utawi: sarta Panjenengané ora adamel dhèwèké bèngkong)” (l8: 1). Kalayan cetha sagemble-nging ayat punika anerangaken jaman nalika Islam sampun saged jumeneng kanthi sampurna, lah ing wekdal punika ingkang milawani sampun boten wonten malih, malah swara-swara bakal lirih wonten ing ngarsanipun Pangéran Ingkang-Mahamurah. Déné suwanten lirih, punika pratandha sumarah.

Ut. gugu-nungan, jejenggul

Ar. lan ora

Page 114: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Tha Ha Juz XVI 868

109 Ing dina iku ora ana pantara kang migunania kajaba pantarané sapa-sapa kang olèh idiné Ingkang-Mahamurah sarta kang pangucapé olèh pirenané Panjenengané.

110 Panjenengané angudanèni apa kang ana ing sangarepé lan apa kang ana ing saburiné, sarta iku dhèwèké ora nyakup ing kawruh.

111 Lan rainé bakal padha tumungkul ana ing ngarsané Ing-kang-Gesang, Ingkang-Jumeneng Pribadi, sarta temen kapitunan sapa kang anggéndhong panga-niaya.

112 Lan sapa sing nglakoni panggawé becik sarta dhèwèké iku wong angèstu, lah ora bakal kuwatir marang panganiaya tuwin ora (bakal kuwatir) cinandhet bagéané.

113 Lan kaya mangkono ang-gon-Ingsun anurunaké Quran basa Arab, sarta ing jeroné Ingsun amijang-mijangaké pangancam-pangancam, supaya dhèwèké padha anjaga dhiriné (saka ing ala), utawa (supaya) dadia pépé-ling tumrap marang dhèwèké.

114 Mulané Mahaluhur Allah iku, Ratu, Ingkang-Mahayakti; lan aja anggégé marang Quran ing sadurungé sampurna kawedharaké marang sira, sarta calathua: Pangé-ran kawula! mugi Tuwan aparing wewah kawruh dhateng kawula.1606

1606. Anggégé dhateng Quran ateges brangtanipun Kanjeng Nabi Suci, supados pèpènget dhateng titiyang kafir punika kadhawuhan kalayan dhawuh ingkang terang gamblang, murih para kafir saged ngalap paédah saking ngriku. Punika sampun katerangaken kanthi panjang wonten ing 2614.

a. 339, 79

Ut. kepala-né

Page 115: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 20 Panasaranipun sétan 869

115 Lan temen Ingsun wus apa-ring dhawuh marang Adam ing biyèn, ananging dhèwèké lali, lan Ingsun ora nguningani ing dhè-wèké iku duwé kakencengan (arep andaga dhawuh).1607

RUKU’ 7

Panasaranipun sétan

116-121. Sétan anasaraken. 122, 123. Allah punika asifat wilasa. 124-128. Wuta ruhani.

116 Lan nalikané Ingsun angan-dika marang para malaikat: Padha sumungkema marang Adam,abanjur padha sumungkem nanging iblis ora;b dhèwèké mopo.

117 Tumuli Ingsun angandika: É, Adam! sayekti iki mungsuh tumrap sira lan tumrap bojonira, mulané aja nganti sira sakaloron diwetokaké saka ing taman,cmundhak cilaka:

118 Sayekti ana ing kono sira (tinamtu), yèn ora bakal kaluwèn lan ora bakal kawudan;

119 Lan ana ing kono (tinamtu), yèn sira ora bakal kasatan lan ora bakal kapanasan.1608

120 Ananging sétan ambibisiki ala marang dhèwèké, calathuné: É, Adam! apa kowé gelem dak tuntun marang wit urip langgeng sarta karaton kang ora bakal rusak?

1607. Punika anedahaken bilih kalepatanipun Adam punika boten margi dipun temaha, milanipun awawaton punika Adam boten kénging winastan dosa.

1608. Taman ingkang gambaripun kawarsitakaken wonten ing ngriki, punika taman ing bumi, ing ngriku sadaya kasenengan ingkang kabetahaken déning manusa dipun cekapi. Tembung ana ing kono sira ora bakal kaluwèn, punika kedah dipun cundhukaken kaliyan dhawuh ingkang kasebutaken ing panggènan sanès: sarta mangana wetuné, umbaran endi ing sakarepira (2: 35). Sacara ngibarat punika ateges kawontenan seneng-marem utawi kawontenan tentrem-jenjem, inggih punika kawontenan

Ar. nemu

a. 56

b. 57, 58

c. 60

Page 116: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Tha Ha Juz XVI 870

121 Tumuli sakaroné padha mangan iku; mulané tumiyungé marang ala dadi cumetha tumrap sakaronéa, sarta sakaroné banjur anutupi awaké sarana gogodongan-ing taman,b lan Adam iku andaga ing Pangérané, mulané (dhèwèké) dadi rusak uripé.1609

122 Tumuli Pangérané amilih dhèwèké, mulané Panjenengané bali (wilasa-Né) marang dhèwèké sarta anuntun (dhèwèké).

123 Panjenengané angandika: Padha lungaa saka ing kono sakaromu, kabèh, sawenèhmu iku mungsuh tumrap sawenèhé. Mula-né sayekti bakal tumeka marang sira tuntunan Ingsun; lah sapa sing manut tuntunan-Ingsun, ya ora bakal sasar ora bakal cilaka;

124 Lan sapa sing malèngos saka pépéling-Ingsun, lan sayekti bakal olèh panguripan rupek, lan ing dina kiyamat bakal Ingsun tangèkaké wuta.1610

ingkang ing ngriku boten wonten osik ingkang tumiyung dhateng saé utawi dhateng awon, awit kawon-tenan wau kénging winastan kawontenan kèndel jenjem, tanpa wonten pambudidaya utawi pamrih.

1609. Tembung gawâ déning Rgh katerangaken mengku teges dadi rusak uripé. Tembung punika ugi dipun werdéni ateges: dhèwèké kacuwan, utawi dhèwèké tumindak kaya pakartiné wong bodho (TA-LL).

Kedah dipun pèngeti, bilih gambaring taman ingkang katerangaken ing nginggil, ing ayat 118 lan 119, punika wonten prakawis warni sakawan ingkang kasebutaken; nanging angsal-angsalanipun manawi kawedalaken saking kawontenan wau namung wonten satunggal, inggih punika tumiyungémarang ala utawi wawadiné dadi cumetha tumrap sakaroné. Kateranganipun punika, kasebut wonten ing 7: 26; lah ing ngriku kadhawuhaken: “É, turuné Adam! sayekti Ingsun wus anurunaké sandhangan marang sira kanggo nutupi wawadinira, tuwin (sandhangan) minangka papaès; lan sandhangan bekti, lah iki kang luwih becik.” Dados menggah ing sajatos-jatosipun, ingkang kapangandikakaken wonten ngriki, punika sandhangan ingkang rumeksa saking awon; déné cumethaning wawados, punika ateges ngrumaosi sampun anindakaken sawenèhing barang ingkang awon. Dados sifatipun ngibarat cariyos Adam ingkang wongsal-wangsul kacariyosaken, punika sampun terang. Salajengipun badhé katingal bilih usada ingkang katerangaken déning Quran Suci, punika asifat ruhani: “Mulané, samangsa ana tuntunan saka Ingsun tumeka marang sira, lah sing sapa manut tuntunan-Ingsun, ya padha ora bakal kataman kuwatir sarta ora bakal padha susah” (2: 38). Lah punika anedahaken bilih menggah ing

1610. Mirsanana kaca candhakipun.

Ar. saka ing kono

a. 866

b. 867

Page 117: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 20 Pidana punika sampun masthi 871

125 Dhèwèké bakal munjuk: Pangéran kawula! punapaa déné kawula Tuwan tangèkaken wuta, mangka kula punika saèstu wau-nipun tiyang melèk?*

126 Panjenengané bakal ngan-dika: (Iya) kaya mangkono (iku); timbalan-timbalan-Ingsun wus tu-meka marang sira, ananging sira anglirwakaké iku; lah kaya mang-kono uga saiki sira bakal linir-wakaké.

127 Lan kaya mangkono iku anggon-Ingsun aparing wawales wong kang angliwati wates sarta ora angèstu marang timbalan-timbalaning Pangérané; lan sayekti siksa ing akhirat iku luwih abanget lan luwih langgeng.

128 Lah apa ta padha durung olèh tuntunan, wis sapira ta bangsa-bangsa ing sadurungé dhèwèké, kang dhèwèké iku wis padha ngambah padunungané, kang wus Ingsun lebur? Sayekti, ing kono iku ana tandha-tandha tumrap wong kang kasinungan akal.

RUKU’ 8

Pidana punika sampun masthi

129 Lan lamun ora anaa sabda (kang) wus miyos saka Pangéran-ira sarta waktu kang wus tinamtu, amasthi bakal ginawé tetep (nung-gal kalawan dhèwèké).1610A

*sajatos-jatosipun prakawis ingkang dados rembag wonten ing dalem cariyos Adam, punika bab gesangipun manusa ingkang ruhani, sanès ingkang jasmani. Bab punika kacethakaken malih déning ayat-ayat sambetipun, inggih punika ayat 123 lan 124.

1610. Kados ingkang sampun keterangaken ing nginggil, panguripan rupek, punika menggah ing sajatos-jatosipun panggesangan rupek ruhani, awit ingkang kapangandikakaken déning Quran Suci ing ngriki, gesangipun manusa ingkang ruhani.

1610A. Tuwan Rodwell lan tuwan Palmer lepat anggènipun anjarwakaken dhawuh punika.

Ar. lan

Ar. lan

Page 118: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Tha Ha Juz XVI 872

130 Mulané disabar marang apa pangucapé sarta Mahasucèkna Pangéranira kalawan pangalem-bana ing sadurungé mlethèking srengéngé lan sadurungé surupé, apa déné ing sajroning wayah wengi iya mahasucèkna (Panje-nengané), mangkono uga ing péranganing awan, supaya sira apirena.1610B

131 Lan mripatira loro aja man-deng marang barang gebyar-gebyaring donya kang Ingsun anggo sadhiyan marang sarupaning papanthaning dhèwèké, supaya ing kono Ingsun bisa aparing coba marang dhèwèké; lan rijekiné Pangéranira iku luwih becik sarta luwih langgeng.

132 Lan pandhèrèkiraa sira pa-réntahana salat sarta tetep mantep ing (salat) iku; Ingsun ora mundhut rijeki marang sira; Ingsun aparing rijeki marang sira sarta kawusanan (kang becik) tumrap anjaga dhiri (saka ing ala).

Maksudipun dhawuh punika sampun terang. Para kafir sami anggégé dhumawahing siksa ingkang kajanjèkaken. Nanging piyambakipun sami dipun paringi dhawuh, bilih sadangunipun Kanjeng Nabi Suci taksih nunggil kaliyan piyambakipun, piyambakipun boten badhé dipun dhawahi siksa. Lah inggih punika sabda ingkang sampun kawiyos punika. Déné wekdal ingkang sampun tinamtu, punika perang Badar, ingkang wonten ing Quran Suci, asring kapangandikakaken bilih punika titimangsaning panguwaosipun mengsah ingkang ambeg siya wiwit gonjing. Mirsanana 982.

1610B. Kanjeng Nabi kadhawuhan ingkang sabar nandhang panganiaya ing sawatawis wekdal, nanging ing salebetipun makaten ugi kadhawuhan ngupados panglipur wonten ing dalem salat. Lah inggih awit saking punika mila dhawuh supados sabar wau lajeng tinungka ing dhawuh supados salat. Sarta inggih saèstu, ing salebetipun nandhang panganiaya ingkang sakalangkung sanget wau, panjenenganipun angsal panglipur wonten ing dalem salat. Dipun riwayataken bilih panjenenganipun naté ngandika makaten: “Adheming mripatku iku ana ing dalem salat.” Ayat punika mangandikakaken salat wajib gangsal wekdal lan salat sunnat warni kalih. Sadèrènging mlethèkipun surya, punika salat subuh, sadèrènging surupipun surya, punika salat ‘ashr. Salat warni tiga, magrib, ‘isya’ lan tahajjud(ingkang kasebut kantun piyambak punika salat sunnat), punika wekdalipun ing selebetipun wanci dalu. Déné ing péranganing siang, punika salat dzuhur lan salat dluha; namung salat dluha punika sunnat, inggih punika salat ingkang celak ingkang katindakaken sadèrèngipun wanci tengangé, déné salat dzuhur wancinipun sasampunipun lingsir surya (sasampunipun wanci bedhug ing tengahing raina).

Ar. lan

a. 917a

Page 119: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 20 Pidana punika sampun masthi 873

133 Lan padha calathu: Yagéné dhèwèké ora anekakaké pratandha saka Pangérané marang aku ka-bèh? Apa durung tumeka marang dhèwèké kabèh bukti kang cetha tumrap barang kang ana sajroning kitab-kitab kuno?1610C

134 Lan saupama dhèwèké padha Ingsun lebura kalawan siksa ing sadurungé iki, amasthi padha calathu; Dhuh, Pangéran kawula! punapaa Tuwan boten angutus utusan dumateng kawula, dados kawula lajeng saged miturut timbalan-timbalan Tuwan ing sa-dèrèngipun kawula sami dumawah ing ina sarta kawirangan

135 Calathua: kabèh baé (aku iki) padha angentèni, mulané padha angentènana, banjur kowé bakal padha weruh, sapa kang angambah dalan kang rata lan sapa sing manut dalan bener.

1610C. Ing ngriki Quran Suci kasebut bukti ingkang cetha tumrap barang ingkang wonten ing salebeting kitab suci ingkang kina-kina, awit Quran makaten anjangkepi wahananing piweca- piwecanipun kitab-kitab kina wau sarta maringi bukti-bukti tumrap dhadhawuhan ingkang kasebut wonten ing ngriku.

_____________

Page 120: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

JUZ XVII

SURAT 21

AL-ANBIYA

(Para Nabi)

KADHAWUHAKEN ING MAKKAH

(7 ruku’, 112 ayat)

Pathinipun:

Ruku’ 1. Pancasan sampun cepak. Ruku’ 2. Yakti punika salaminipun masthi menang. Ruku’ 3. Kayektèning wahyunipun Pangéran. Ruku’ 4. Allah punika garapipun dhateng manusa kalayan wilasa. Ruku’ 5. Lalampahanipun Kanjeng Nabi Ibrahim. Ruku’ 6. Allah milujengaken para Nabi saking para mengsahipun. Ruku’ 7. Para titiyang tulus sami badhé amaris bumi.

Namanipun

Surat punika langkung kathah anggènipun ngrembag wilujengipun para titiyang tulus, katimbang lan pidananipun para titiyang duraka; makaten ugi langkung kathah pangrembagipun dhateng bab kamenanganipun yakti, katimbang lan sirnanipun panggorohan, sanajan sampun boten wonten semang-semangipun malih, bab ingkang satunggal punika mesthi mengku bab ingkang angka kalih. Surat punika wonten sapérangan ingkang dipun mligèkaken kanggé marsitakaken pratélan gerban bab wilujengipun para nabi tuwin menangipun ingkang wekasan pakaryanipun; mila surat punika lajeng kanamakaken Para Nabi; kajawi punika lalampahanipun Kanjeng Nabi Ibrahim, luluhuripun para andika nabi kathah sanget kasebutaken kalayan mligi, minangka contoning kawontenanipun Kanjeng Nabi, awit panjenenganipun punika langkung plek kanggé conto katimbang lan para nabi sanèsipun.

Sasambetanipun kaliyan surat-surat ingkang sampun

Bab panataning urut-urutanipun surat, prayogi dipun pèngeti bilih surat ingkang kaping nem lan kaping pitu, punika kagolong dhateng golongan ingkang angka satunggal tumrap surat-surat Makkiyah, sarta satunggal lan satunggalipun sambet-sinambet. Golongan ingkang angka kalih isi pitung surat, inggih punika wiwit surat ingkang kaping 10 dumugi surat 16, surat 16 kalebet pétangan. Golongan ingkang angka tiga, kawiwitan saking surat ingkang kaping 17, ugi isi pitung surat. Surat ingkang rumiyin piyambak tumrap golongan punika, anjanjèkaken kaluhuranipun Islam ing wekdal ingkang badhé dhateng; kajawi punika ugi nyebutaken tuladha saking Israil tuwin garap ingkang kados pundi ingkang katumrapaken dhateng piyambakipun punika. Punika lajeng kasambetan ing surat, ingkang nerangaken lalampahanipun agami Nasrani, lajeng kasambetan malih surat ingkang migatosaken lalampahanipun Kanjeng Nabi Yahya tuwin Kanjeng Nabi ‘Isa, déné ingkang kaping sakawan ingkang enggel piyambak nerangaken lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa. sampun satrepipun manawi surat-surat wau lajeng kasambetan lalampahanipun luluhur ingkang ageng piyambak, anurunaken bangsa Bani Israil tuwin bangsa Bani Isma’il. Malih prakawis sanès ingkang ugi dipun wigatosaken déning surat punika inggih punika bab milujengaken para titiyang tulus, boten prabéda kados déné bab siksanipun para duraka punika dados bab ingkang dipun wigatosaken déning surat angka sakawan tumrap golongan punika, inggih punika surat ingkang sampun. Dados, “ngebrukaken” lajeng kasam-betan “ngadegaken” wonten ing surat punika.

Page 121: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 21 Pancasanipun sampun cepak 875

RUKU’ 1

Pancasan sampun cepak

1-4. Pèpènget dipun lirwakaken. 5. Sami semang-semang dhateng pancasan tumrap awakipun. 6-10. Para nabi ing kina sarta para ingkang milawani.

Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, Ingkang-Mahaasih.*

1 Wis cepak marang manusa pépétungané sarta kalawan léna padha maléngos.

2 Ora kena ora saben ana pépéling anyar saka Pangérané marang dhèwèké, iku dhèwèké masthi padha angrungokaké kala-wan padha angguguyu,

3 Atiné padha kalimput; lan para kang atindak dudu padha rerembugan kalawan winadi:

*Ingkang kawarsitakaken

Surat punika kawiwitan kalayan pratélan bilih titiyang Makkah badhé angsal pidana punika sampun genah, sarta lajeng kasambetan ing dhawuh pangumuman ingkang cetha bilih pancasan sampun cepak lan pétangan sampun parek. Bab punika kaseksèn déning wutah gumelaring kawontenan: yakti sapunika mesthi menang boten prabéda lan ingkang sampun-sampun; prakawis punika katerangaken wonten ing ruku’ ingkang kaping kalih. Ruku’ ingkang kaping tiga andhawuhaken migatosaken kayektèning wahyunipun Pangéran umumipun tuwin wahyu ingkang kaparingaken dhateng Kanjeng Nabi khususipun. Ruku’ ingkang kaping sakawan wigatos dhawuh migatosaken bilih wonten ing dalem sifating Pangéran, wilasa punika anyrambahi sanget, awit garap kalayan wilasa punika kacetha kalayan mligi wonten ing pidana ingkang dhumawah dhateng mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi Suci, sarta ing dalem babagan punika Kanjeng Nabi Ibrahim punika dados tutuladhanipun Kanjeng Nabi. Lalampahanipun Kanjeng Nabi Ibrahim wau kawarsitakaken wonten ing ruku’ candhakipun, inggih punika ruku’ 5. Ruku’ ingkang kaping nem nerangaken bilih ing wekdal ingkang mutawatosi para andika nabi mesthi dipun wilujengaken saking tanganing mengsah-mengsahipun. Ruku’ ingkang wekasan piyambak mewahi dhawuh bilih para tulus sami maris bumi, kalayan mengku sasmita ingkang mligi: Tanah Suci, ingkang ing sapunika kajanjèkaken dhateng para titiyang Muslimin, jalaran katulusan sampun sirna saking trah Israil.

Titimangsa tumurunipun

Bab prakawis titimangsanipun nalika katurunaken, boten wonten satunggal punapa ingkang saged anedahaken bilih wonten péranganipun ingkang tumurunipun punika boten wonten ing Makkah; kajawi punika boten wonten ancer-ancer ingkang kénging kanggé waton nginten-inten titimangsa tumurunipun ingkang radi ceples. Sagedipun anginten-inten, surat punika kagolong dhateng jaman tengahan salebetipun Kanjeng Nabi amakarya wonten ing Makkah.

Page 122: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para Nabi Juz XVII 876

Dhèwèké iki rak ora liya kajaba manusa padhané kowé; lah apa ta kowé iku bakal manut kemayan, kang mangka kowé padha weruh?

4 Dhèwèké calathu; Pangéran-ku angudanèni apa kang kaucapaké ana ing langit lan bumi, lan Panjenengané iku Ingkang-Miyar-sa, Ingkang-Ngudanèni.

5 Malah padha calathu: Impèn campur bawur; malah iku gawé-gawéané baé; balik dhèwèké iku malah juru kidung; mulané konen nekakaké pratandha kaya (para nabi) kang diutus dhèk biyèn.1611

6 Ing sadurungé dhèwèké, sawenèhing kutha, kang Ingsun lebur, iku ora angèstu, lah apa ta dhèwèké bakal padha angèstu?1612

7 Lan ing sadurungira, Ingsun ora angutus kajaba wong-wong lanang kang padha Ingsun wedhari

1611. Sajakipun para titiyang Quraisy sami bingung – boten prabéda lan bingungipun para juru-kritik dhateng Quran bangsa Nasrani ing jaman samangké – kados pundi, Quran badhé dipun samèkaken kaliyan punapa. Ing sakawit piyambakipun sami mastani Quran punika sihr, inggih punika wileting wicara ingkang linuhung (TA), jalaran nadyan dhateng Quran piyambakipun sami milawani, Quran meksa saged narik manahipun. Nanging ing ngriku inggih wonten piweca-piwecanipun, ingkang manawi namung wileting wicara ingkang adiluhung kémawon mesthi boten saged damel, milanipun lajeng sami mastani Quran punika impèn campur bawur. Lajeng para titiyang wau sami gadhah pamanggih, bilih ing ngriku punika mengku maksud ingkang sampun gumathok, amargi Quran andhawuhaken kanthi maton ing bab badhé kamenanganipun Kanjeng Nabi lan badhé sirnaning mengsah-mengsahipun ingkang kiyat; milanipun lajeng sami mastani Quran punika damel-damelan. Ing wasana, èthok-èthokipun badhé damel tetembungan satembung kémawon ingkang saged nyakup sadaya wau, piyambakipun lajeng sami amastani bilih Kanjeng Nabi punika juru-kidung. Lajeng, sami nedha dipun paringi bukti saminipun ingkang sampun kaparingaken dhateng para andika nabi ingkang sampun-sampun, inggih punika risakipun para titiyang wau tuwin menangipun Kanjeng Nabi, awit Quran sampun wongsal-wangsul dhawuh dhateng para titiyang wau, samia manah-manah nasib ingkang kasandhang déning para ingkang sami angemohi yakti ing sadèrèng-dèrèngipun.

1612. Minangka wangsulan dhateng anggènipun nyuwun dipun paringi bukti saminipun ingkang sampun kaparingaken dhateng para andika nabi ingkang sampun-sampun, para titiyang wau sami dipun paringi dhawuh, bilih puguh wonten ing dalem pamurang-yakti lan kakafiran, punika mesthi mahanani angsal siksa dipun lebur; nanging piyambakipun sami dipun ajak manut ing yakti tuwin nyingkiri siksa. Piyambakipun sami dipun pèpèngeti, manawi sami boten purun ambangun-turut, barang ingkang murugaken para titiyang ing sadèrèng-dèrèngipun dipun lebur, punika mesthi inggih badhé namani piyambakipun.

Page 123: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 21 Yakti masthi menang 877

pangandika; mulané padha takokna marang para pandhèrèking pépé-ling, manawa kowé padha ora weruh (prakara iku).

8 Lan dhèwèké ora padha Ingsun gawèkaké badan wadhag kang tanpa mangan pangan sarta ora padha manggon (kalawan langgeng).1613

9 Tumuli Ingsun anuhoni janji marang dhèwèké; mulané Ingsun slametaké dhèwèké sarta sapa kang dadi kapareng-Ingsun, lan Ingsun lebur para kang padha amlangkah wates.

10 Sayekti temen Ingsun wus anurunaké kitab marang sira, ing kono iku kaluhuranira; lah apa ta sira iku ora mangerti?1614

RUKU’ 2

Yakti punika salaminipun masthi menang

11-15. Titiyang awon dipun sirnakaken. 16-18. Yakti punika anglimputi langit-langit lan bumi. 19-26. Kasawijèning Allah (tauhid) punika barang yakti ageng ingkang kawarsitakaken déning para nabi. 27-29. Kasucianipun para nabi saking dosa.

11 Lan wis pira baé kutha kang atindak dudu kang Ingsun sirnakaké, lan sawisé iku Ingsun anukulaké kaum séjé!

1613. Punika anedahaken kalayan terang, bilih saben nabi punika mesthi abadan wadhag, ingkang kanggé ngiyatakan punika, mesthi ambetahakan tetedhan, makaten ugi saben nabi mesthi séda. Awit saking punika, Kanjeng Nabi ‘Isa mesthi inggih abadan wadhag ingkang ambetahaken tedha, sarta mesthi inggih séda. Dados pamanggih ingkang mastani, bilih Kanjeng Nabi ‘Isa taksih sugeng wonten ing langit, punika terang manawi cengkah kaliyan piwulangipun Quran Suci. Kalayan pangandika ingkang terang gamblang, Quran mangandikakaken, bilih sadaya nabi punika titah ingkang asifat saged pejah, dados Kanjeng Nabi ‘Isa punika inggih titah ingkang asifat séda. Saèstu boten yèn ta panjene-nganipun punika taksih sugeng dumugi samangké, tur boten mawi ambetahaken tedha, kados déné pangandelipun para ingkang gadhah paham, bilih panjenenganipun dipun angkat dhateng langit punika.

1614. Saben titiyang Quraisy nyuwun supados siksa ingkang kaancamaken tumunten dipun dhawahna dhateng piyambakipun, mesthi lajeng dipun paringi dhawuh wangsulan, bilih Quran punika barkah (nugraha) lan rahmat (sih-wilasa) tumrap piyambakipun. Kasunyatan punika ugi kawedharaken wonten ing ngriki. Piyambakipun sami nyuwun tandhayekti kados déné tandhayektinipun para andika

Page 124: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para Nabi Juz XVII 878

12 Bareng dhèwèké wis padha angrasakaké pidana-Ingsun, banjur padha lumayu saka ing kono.

13 Aja (saiki) padha lumayu, lan balia marang barang, kang ing kono uripira linimput ing parisuka tuwin (marang) omahira; manawa-manawa sira bakal padha tina-konan.

14 Dhèwèké padha acalathu: O, cilaka temen awakku! sayekti aku iki wus padha atindak dudu.

15 Lah tanpa lèrèn mangkéné iki pasambaté, nganti padha Ingsun dadèkaké kaya (gaga) binabadan, kaya (geni) sinirep.1615

16 Lan anggon-Ingsun anitahaké langit lan bumi sarta sabarang kang ana ing saantarané iku dudu dolanan.1616

17 Lamun Ingsun angarsakna agawé lalangen, amasthi iku Ingsun pundhut saka ing ngarsa-Ningsun: ora pisan-pisan Ingsun bakal nindakaké (mangkono).1617

nabi ingkang sampun-sampun, nanging piyambakipun sami dipun pangandikani, bilih tumurunipun Quran punika perlu badhé andadosaken piyambakipun dados umat ing jagad ingkang ageng sarta luhur. Bab prakawis tembung dhikr ateges: kaluhuran, kuncara, kaloka, kahurmatan, mirsanana S, Msb, Q, TA tuwin LL. Ugi kancundhukna kaliyan 94: 4, 43: 44, ing ngriku tembung dhikr punika mengku teges kados makaten wau.

1615. Ngibarat ingkang wonten ing tembung hashîd punika kapirid saking sabin ingkang sampun dipun enèni, déné ngibarat ing tembung khâmid, punika kapirid saking latu ingkang sampun dipun sirep lan ingkang kantun awunipun kémawon atumpuk-tumpuk. Ayat-ayat ing nginggil wau mengku pèpènget ingkang terang gamblang dhateng para titiyang Makkah.

1616. Punika taksih tutugipun pèpènget ingkang kasebut ing ayat-ayat ingkang sampun. Para titiyang wau sampun tinamtu kedah sami neksèni tandhayakti ing kayektènipun Kanjeng Nabi tuwin ing Kasawijènipun Allah, wonten ing tumitahipun langit lan bumi punika; lah ing sapunikanipun piyambakipun sami kadhawuhan ngènget-ènget, bilih tandha-tandha yakti wau boten kok nglaha tanpa wonten pigunanipun. Ing dalem kudrat, saben tindak, punika mesthi wonten wohipun, sarta saben sedya, punika kagayuhipun mesthi mawi lantaran kalayan sarana. Samukawis ing dalem kudrat punika sadaya, sarwa saèstu, liripun boten wonten ingkang atanpa guna, awit saking punika kedahipun manusa punika ingkang saèstu anggènipun nganggep barang-barang punika.

1617. In ing ngriki nâfiyah, tegesipun ngorakaken (saking lingga ora) katrangan ingkang sampun

Ut. mundhut putra

Page 125: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 21 Yakti masthi menang 879

18 Balik Ingsun anglepasaké barang nyata angenani barang goroh nganti amecahaké endhasé, lah ing kono sakala (barang goroh) iku sirna; lan cilaka bagéanira amarga saka anggonira anyifati (Panjenengané).1618

19 Lan kagungané Panjenengané sapa-sapa kang ana ing langit-langit lan ing bumi; lan sapa sing parek Panjenengané iku padha ora gumedhé anggoné ngibadah Panje-nengané sarta tanpa sayah.

20 Padha mahasucèkaké (Panje-nengané) rina lan wengi tanpa kendho.

21 Apa ta dhèwèké padha anga-lap sesembahan-sesembahan saka bumi kang padha nguripaké (wong mati)?1619

22 Lamun ing jeroné loro iku anaa sesembahan-sesembahan kajabané Allah, amasthi loro iku padha bosah-basih; mulané mahasuci Allah iku, Pangéraning karaton,a saka anggoné padha anyifati (Panjenengané).1620

kadhawuhaken. Lalangen ing ayat punika sami tegesipun kaliyan lalangen utawi dolanan ing ayat ingkang sampun. Namung para mufassirin sami mewahi katrangan, bilih manut pakecapanipun tiyang Yaman, tembung lahw punika ateges sémah (èstri) utawi anak; dados suraosing dhawuhipun ayat punika, anduwa piwulang Nasrani, bilih Kanjeng Nabi ‘Isa punika putranipun Pangéran (Rz, Bd). Manawi makaten lajeng mengku suraos, bilih Pangéran punika boten mundhut putra.

1618. Pratélan punika taksih sambetipun ingkang kasebutaken wonten ing ayat kakalih ingkang sampun, inggih punika: barang haq (barang nyata) ingkang wonten ing sagung dumados, punika mesthi menang kaliyan batal (panggorohan).

1619. Lah punika pratélan ingkang terang gamblang, bilih para ingkang kaanggep dados sesembahan, punika boten saged anggesangaken tiyang pejah. Bab punika kedah dipun èngeti manawi ngrembag bab prakawis mu’jizatipun Kanjeng Nabi ‘Isa, ingkang wonten ing ayat-ayat punika panganggep dhateng kapangérananipun dados rembag ingkang mligi.

1620. Punika bukti papancasan ingkang anduwa piwulang mangéran-kathah. Jagad sawegung punika sarwa tumata runtut, jalaran sadaya punika winengku ing angger-angger satunggal, sarta wontenipun angger-angger ingkang namung satunggal, punika anedahaken kalayan cetha, bilih Ingkang-yasa lan Ingkang-ngasta angger-angger wau inggih namung satunggal. Saupami wonten

a. 895

Page 126: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para Nabi Juz XVII 880

23 Ora kena Panjenengané di-takokaké karananing pandamel-É, lan dhèwèké kang bakal padha dinangu.

24 Apa ta dhèwèké padha angalap sesembahan-sesembahan saliyané Panjenengané? Calathua: Padha tekakna buktimu: iki pépé-lingé wong barenganku, lan pépélingé wong sadurungku.1621

Ananging dhèwèké sing akèh padha ora weruh barang nyata, mulané padha maléngos.

25 Lan ing sadurungé sira, saben Ingsun angutus sawenèhing utusan, ora kena ora masthi Ingsun wedhari sabda, manawa ora ana sesembahan kajaba Ingsun; mulané padha ngabdia marang Ingsun.

26 Lan dhèwèké padha calathu: Ingkang-Mahamurah iku amun-dhut putra.1622 Mahasuci Panjene-ngané iku. Balik dhèwèké iku para kawula kang padha minulyak-aké.1623

Pangéran sanèsipun malih, mesthi botenipun jagad sawegung namung kerèh ing angger-angger satunggal, ingkang boten sanès angsal-angsalanipun kajawi worsuh lan asalang-tunjang. Dados kasawijènipun angger-angger, punika dados tandhayakti ingkang cetha ing bab Kasawijènipun Ingkang-damel.

1621. Kasawijènipun Allah, punika kasunyatan agung ingkang dados tatales dhadhasaraning sadaya agami.

1622. Ingkang dipun karsakaken sampun genah, inggih punika piwulang agami Nasrani bab Kanjeng Nabi ‘Isa kaanggep dados putraning Allah.

1623. Tegesipun, para ingkang kaanggep putraning Allah, punika yektinipun sami kawulanipun Allah ingkang minulya. Déné ingkang dipun karsakaken para andika nabi, awit ingkang dipun anggep dados putraning Allah, punika inggih satunggaling nabi. Minangka kanggé nglepataken panganggep bilih Kanjeng Nabi ‘Isa punika putraning Allah, Kitab Quran boten ngandika: dhèwèké iku kawula kang minulyakaké, nanging dhèwèké iku para kawula kang padha minulyakaké. Punika ateges ambatalaken pangandel Kanjeng Nabi ‘Isa dados putraning Allah, ngiras nyebutaken bukti ingkang kanggé anglepataken pangandel wau. Bukti wau kawengku wonten ing tembung para kawula kang padha minulyakaké, awit dhawuh punika ngèngetaken dhateng kula sami, bilih kathah tiyang ingkang sinebut putraning Allah punika, nanging sesebutan wau boten wonten sanès maksudipun, kajawi namung ateges, bilih panjenenganipun wau para kawula ingkang sami minulyakaken; awit saking punika, Kanjeng Nabi ‘Isa sinebut putraning Allah, punika kanthi mengku teges sami trep kaliyan sanès- sanèsipun wau.

Page 127: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 21 Kayektèning wahyunipun Pangéran 881

27 Ora padha anglancangi Pan-jenengané kalawan pangucap, sarta (mung) padha nindakaké marang paréntahé Panjenengané.1624

28 Panjenengané angudanèni apa kang ana sangarepé dhèwèké sarta apa kang ana saburiné dhèwèké, lan dhèwèké padha ora awèh syafa’at kajaba tumrap wong kang dadi pirena-Né, lan amarga saka wediné marang Panjenengané dhèwèké padha geter.

29 Lan dhèwèké, sapa sing bakal calathu: Sayekti aku iki sesemba-han saliyané Panjenengané, lah iki bakal Ingsun wales naraka; kaya mangkono pawales-Ingsun marang para wong atindak dudu.

RUKU’ 3

Kayektèning Wahyuning Pangéran

30-35. Bukti-bukti nyatanipun wedharing sabda. 36-41. Anggènipun sami anggugu-jeng sarta pidana pituwasipun.

30 Apa para kang padha kafir ora weruh, yèn langit-langit lan bumi iku mauné nutup tumuli karoné Ingsun bukak;1625 lan

1624. Ayat punika suka tandhayakti papancasan, bilih para Nabi punika suci ing dosa. Samangsa para nabi medal pangandika, boten pisana sami anglancangi ing Allah, liripun sadaya ingkang kapangandikakaken, punika lugu namung amedharaken sabarang ingkang kawulangaken dhateng panjenenganipun déning Pangéran, dados boten medal saking karsanipun piyambak. Sarta sabarang rèh ingkang katindakaken déning para nabi wau, lugu namung manut saparéntahipun Allah blaka. Dados ing dalem pangucap saha ing dalem tindak, para nabi punika tansah manut kaparenging karsanipun Pangéran, milanipun boten saged yèn ta winastan para nabi sami nindakaken pandamel dosa. Suraosing dhawuh sambetipun kaliyan dhawuh ing sacelakipun nedahaken kalayan terang, bilih ingkang kapangandikakaken ing ayat punika para andika nabi, sanès para malaikat.

1625. Langit-langit lan bumi nutup, punika nyasmitani komplanging wahyunipun Pangéran ing wekdal sadèrènging rawuhipun Kanjeng Nabi Suci. Bab komplanging wahyu, punika sampun kacetha déning salebetipun wekdal nem atusan taun ing jagad boten wonten nabi ingkang rawuh, sarta ing saindhenging buwana kebanjiran ing karisakan. Déné langit-langit lan bumi dipun bikak, punika ateges tumurunipun wahyu, ingkang lajeng anggesangaken jagad. Ing dalem kawontenan wadhag, kula sadaya sami nyumerepi bilih jawah panika ambikak bumi.

Page 128: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para Nabi Juz XVII 882

Ingsun andadèkaké samubarang kang urip saka banyu;1626 lah apa ta dhèwèké ora bakal angèstu?

31 Lan Ingsun wus andadèkaké gunung gedhé-gedhé ing bumi, supayané, amarga saka iku, iki ora gonjing,a lan ing kono Ingsun wus andadèkaké dalan omba-omba, supaya dhèwèké padha angambaha dalan kang bener.1627

32 Lan Ingsun wus andadèkaké langit minangka payon kang kareksa, éwadéné dhéwéké padha malèngos saka tandha-tandha-né.1628

33 Lan Panjenengané iku kang wus anitahaké wengi lan rina sarta srengéngé lan rembulan; kabèh (bunder-bunderan ing langit) luma-ku seser ing cakrawalané.

34 Lan Ingsun ora andadèkaké tetep tumrap wong ing sadu-rungira. Lah apa yèn kowé mati dhèwèké bakal padha tetep?

35 Sarupaning jiwa amasthi ngrasakaké pati; lan Ingsun anyoba

1626. Dhawuh pratélan punika amedharaken kasunyatan adiluhung ing alam wadhag, inggih punika kasunyatan ingkang énggal mangké katetepaken kayektènipun déning kawruh, nanging ingkang nalika jamanipun Kanjeng Nabi Suci boten kasumerepan ing jagad saumurnipun; inggih punika: toyapunika tuking sadaya ingkang asipat gesang. Nanging ingkang baku ayat punika mangandikakaken kasunyatan ruhani, murih dados pamanahan kita, inggih punika: ngemungaken asarana wahyuning Pangéran (ingkang marambah-rambah kasanépakaken kaliyan toya wonten ing Quran Suci) kémawon, sagedipun jagad ingkang pejah ing dalem dosa saha ing dalem karisakan punika kagesangaken. Dados miturut Quran Suci, toya samawi punika tansah lastantun kajawahaken ing bumi, makaten ugi sadhéngah jaman kontening wahyunipun Pangéran boten naté katutup tumrap jagad punika.

1627. Margi ingkang wiyar-wiyar punika margi ingkang dipun lampahi déning nabi-nabinipun saben umat. Manawi margi punika dipun turut, mesthi badhé saged manggih margi ingkang leres, inggih punika yakti ing babagan Kanjeng Nabi Suci Muhammad saw.

1628. Ing tanah Arab punika wonten tiyangipun ahli kawruh kasukman, ahli kawruh palintangan lan tukang-pethèk, ingkang ngakenipun saged mangertos wados-wadosing langit; kateranganipun ingkang panjang bab prakawis punika kula aturi mirsani 3530. Para titiyang wau sami dipun dhawuhi, bilih tangèh lamun yèn ta samia mangertos ingkang makaten wau. Utawi saged ugi tegesipun punika wahyu (ingkang ing ngriki kasebut langit) punika kareksa saking sawarnining panyerang.

Ut. iki bisa awèh panganmarang dhè-wèkéa. 1358

Ar. lan

Ar. mang-gon

Ar. mang-gon

Page 129: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 21 Kayektèning wahyunipun Pangéran 883

ing sira kalawan ala lan becik minangka panglèlèr; lan marang Ingsun anggonira bakal padha dibalèkaké.1629

36 Lan samangsa para kang padha kafir andeleng sira, ora liya kajaba mung agawé guguyon ma-rang sira: Apa iki kang muni-muni ing sesembahan-sesembahanmu? Lan dhèwèké iku para wong ange-mohi marang anyebut Ingkang-Mahamurah.1630

37 Manusa iku dititahaké saka ing kesusu;1631 saiki Ingsun bakal meruhaké tandha-tandha-Ningsun marang sira; mulané aja anggégé (iku) nyuwun marang Ingsun.1632

38 Lan dhèwèké padha calathu: Kapan bakal kalakoné pangancam iki, manawa kowé padha wong temen?1633

1629. Para titiyang punika sami kataman ing kacilakan alit-alit; lah manawi punika sadaya sampun birat, piyambakipun lajeng gentos manggih kawontenan seneng lan sakéca. Sadaya punika kanthi mengku maksud panglelèr; déné siksa ingkang langkung ageng malih ingkang badhé mahanani sirna-nipun babar pisan panguwaosipun, punika taksih gumantung sarta badhé andhawahi piyambakipun.

1630. Bangsa Arab, punika bangsa ingkang manembah brahala. Milanipun, boten prabéda lan titiyang Nasrani, piyambakipun suthik nyebut Allah kalayan asma Ar-Rahmân. Inggih awit saking punika, mila ing ngriki, Pangéran Ingkang-Mahamurah punika kasebutaken kanggé nandhingi brahala-brahala. Tumraping tindak, para titiyang wau ugi angemohi mahamurahipun Gusti Allah (inggih punika sifat amintonaken sih-wilasa dhateng titah-Ipun tanpa sinartan pambudidayanipun titah ingkang ngangsalaken sih-wilasa wau), awit marambah-rambah para titiyang wau sami nyuwun supados tumunten dipun dhawahana siksa, sanadyan sampun marambah-rambah piyambakipun sami kadhawuhan nyuwun sih-wilasa-Nipun kémawon. Anggènipun nganggé gugujengan Kanjeng Nabi, punika ugi kabekta saking sumenénipun siksa wau, awit piyambakipun sami gadhah panginten, bilih pèpèngetipun Kanjeng Nabi punika namung pangancam ingkang boten wonten nyatanipun.

1631. Watek kasesa punika wonten ing manusa melok piyambak, ngantos kénging winastan manusa punika tumitahipun saking kasesa wau. Pratélan punika katerangaken déning dhawuh sambetipun: Saiki Ingsun bakal meruhaké tandha-tandha-Ningsun marang sira, mulané aja anggégé iku nyuwun marang Ingsun.

1632. Ayat punika ambantah kalayan tembung ingkang terang gamblang dhateng para titiyang ingkang sami wicanten, bilih Kanjeng Nabi boten saged anggelar tandhayakti. Ayat punika anerangaken, bilih samangsa kapangandikakaken manawi tandha-tandha yekti punika wonten ing astanipun Allah, punika tegesipun Panjenenganipun mesthi badhé anggelar tandha-tandhayekti wau,dados boten kok ateges boten badhé dipun gelaraken.

1633. Tandha yekti ingkang mligi, ingkang kasuwun marambah-lambah, inggih punika siksa

Page 130: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para Nabi Juz XVII 884

39 Lamun ta para kang padha kafir iku weruha (waktu) samang-sané dhèwèké padha ora bisa nulak geni saka ing rainé lan saka ing gegeré sarta ora bakal padha tinulungan.

40 Balik iku bakal tumeka marang dhèwèké tanpa antan-antan andadèkaké bingungé; banjur bakal padha ora bisa nulak iku sarta ora bakal padha disumenèkaké.

41 Lan sayekti temen para utusan ing sadurungira padha di-guguyu; temahan para kang padha angguguyu padha katiban apa kang padha dianggo angguguyu.1634

RUKU’ 4

Allah punika garapipun dhateng manusa kalawan wilasa

42, 43. Pangayomanipun Pangéran dhateng sadaya manusa. 44-46. Tandha-tandha sampun katingal. 47. Sepen saking boten adil. 48, 49. Panyilah kaparingaken dhateng Nabi Musa. 50. Quran Suci punika pépénget ingkang binarkahan.

42 Calathua: Sapa ta kang nga-yomi sira ing wengi lan rina saka Ingkang-Mahamurah?1635 Balik dhèwèké padha malèngos saka panyebut ing Pangérané.

43 Utawa apa dhèwèké padha duwé sesembahan-sesembahan kang bisa ngayomi dhèwèké saka Ing-

ingkang saged damel curna kados déné ingkang dhumawah dhateng umat ingkang sampun-sampun, punika dipun dhawahna dhateng piyambakipun.

1634. Para ingkang sami angemohi yakti mesthi sami anggugujeng, manawi dipun cariyosi bilih badhé angsal siksa margi saking anggènipun angemohi wau. Makaten ugi sadaya ingkang nindakaken pandamel awon, punika inggih sami gadhah panginten, bilih boten badhé nandhang punapa-punapa minangka wohing pandamelipun ingkang awon wau.

Ayat punika saha ayat kakalih nginggilipun, andhawuhaken kalayan kenceng lan kalayan tembung ingkang terang gamblang, bilih menangipun ingkang wekasan yakti, punika mesthi kalampahanipun.

1635 Terangipun: saupama Allah iku ora mahamurah marang sira lan ora angayomi ing sira, yekti wis ora ana manèh kang bisa angayomi sira. Utawi, nadyan Panjenengané iku Mahamurah, suprandéné manawa Panjenengané arsa niksa ing sira marga saka anggonira puguh ing piala kang nganti andadèkaké dukané Gusti Ingkang-Mahamurah, yekti wis ora ana manèh sawiji-wiji kang bisa ngayomi sira saka siksa mau.

Page 131: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 21 Garapipun Allah dhateng manusa 885

sun? Iku padha ora bisa mitulungi awaké dhéwé lan ora padha inga-yoman saka Ingsun.

44 Malah Ingsun wus aparing sadhiyan marang iki dalah bapak-bapakné, nganti dhèwèké umuré dinawakaké. Lah apa ta padha ora weruh, yèn Ingsun anekani bumi, iku Ingsun elongi saka tepis iringé?a Lah apa ta dhèwèké bakal padha menang?

45 Calathua: Aku iki mung apépéling marang kowé kalawan wewedharing sabda; lan wong budheg iku ora krungu marang panguwuh samangsané dipépéli-ngi.

46 Lan manawa dhèwèké padha kagepok siksané Pangéranira satiyupan baé, amasthi bakal padha calathu: O, cilaka temen awakku! sayekti aku wis padha atindak dudu.

47 Lan Ingsun bakal angedegaké traju kang jejeg ana ing dina kiyamat,a satemah ora ana jiwa sawiji dianiaya sathithik-thithika lan sanajan ta (panggawé) mung saboboté wiji sawi, iku bakal Ingsun tekakaké, lan ingsun iki wis cukup mungguhing pangétung.

48 Lan sayekti temen Ingsun wus amaringi Musa lan Harun panyilah lan papadhang sarta pépéling tumrap para kang padha anjaga dhiriné (saka ing ala);1636

1636. Panyilah ingkang kaparingaken dhateng Kanjeng Nabi Musa, inggih punika panjene-nganipun sampun saged ngawonaken mengsah ingkang sakalangkung déning kiyat. Ayat ingkang wekasan ing ruku’ punika andhawuhaken bilih tumrap kautusipun Kanjeng Nabi Suci, tandhayakti saminipun punika inggih badhé kagelaraken.

Ar. dhèwèké

a. 1293

Page 132: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para Nabi Juz XVII 886

49 (Tumrap) para kang padha wedi ing Pangérané ana ing pase-pèn sarta marang wayahé padha giris.

50 Lan iki Pépéling kang binar-kahan,a kang Ingsun turunaké: lah apa ta iku sira bakal padha angemohi?

RUKU’ 5

Lalampahanipun Nabi Ibrahim

51 Lan sayekti temen ing biyèn Ingsun wus aparing katulusan marang Ibrahim, lan Ingsun iki marang dhèwèké ngudanèni banget.1637

52 Nalikané dhèwèké acalathu marang tutuwanéb sarta bangsané: Reca-reca ingkang dados puruging panembah sampéyan punika puna-pa ta?

53 Padha calathu: Kula sami sumerep bapak-bapak kula sami dhateng punika panembahipun.

54 Calathuné: Saèstu sampéyan sarta bapak-bapak sampéyan puni-ka dumunung ing sasar ingkang cetha.

55 Padha calathu: Punapa dha-teng sampéyan mriki punika ambekta barang yakti punapa sampéyan punika golonganipun titiyang sembranan?

1637. Cariyos lalampahanipun Kanjeng Nabi lbrahim, punika kasebutaken wonten ing surat-suratipun Quran Suci warni-warni, péranganing cariyos ingkang béda-béda, satunggal lan satunggal-ipun sambet-sinambet, sakedhik sanget ingkang ngambali cariyos ingkang sampun naté kacariyosaken. Ing ngandhap punika cathetan ingkang jangkep panggènan ingkang nyebutaken bab Kanjeng Nabi Ibrahim: 2: 124-132, 133, 135, 136, 140, 258, 260; 3: 64-67, 83; 4: 125; 6: 75-83; 9: 114; 11: 69-76; 12: 6; 14: 35-41; 15: 51-60; 16: 110-123; 19: 41-49; 21: 51-72; 22: 26-29; 26: 69-89; 29: 16, 17, 24-27; 37: 83-113; 38: 45, 46; 43: 26-28; 51: 24-34; 57: 26; 60: 4.

a. 844

Ar. katulu-sané

b. 790

Ar. mang-gih

Page 133: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 21 Lalampahanipun Kanjeng Nabi Ibrahim 887

56 Calathuné: O, wangsul Pa-ngéran sampéyan punika Pangé-raning langit-langit lan bumi, Ingkang ngawontenaken punika, lan kula punika ingatasipun punika kalebet para ingkang sami neksèni.

57 Lan dhemi Allah! saèstu kula badhé amerangi brahala-brahala sampéyan ing sasampunipun sam-péyan sami késah wangsul.

58 Iku banjur padha diremuk kajaba panggedhéné, manawa-ma-nawa dhèwèké padha bali marang Panjenengané.1638

59 Padha calathu: Sapa sing ganggu gawé marang sesembahan-sesembahanku iki? Sayekti iku kalebu éwoné para wong atindak dudu.

60 Padha calathu: Aku krungu wong nonoman angucapaké (sesem-bahan-sesembahan) iku jenengé Ibrahim.

61 Padha calathu: Dhèwèké tumuli gawanen menyang ngare-pané wong akèh, manawa-manawa dhèwèké padha aneksèni.

62 Padha calathu: Apa kowé sing ganggu gawé marang sesem-bahan-sesembahan iki, o, Ibrahim?

63 Calathuné: Iku pancèn ana sing ganggu gawé; iki pang-gedhéné, mulané padha takonana, manawa padha bisa caturan.1639

1638. Cariyos Kanjeng Nabi Ibrahim ngremuki brahala, punika kasebutaken wonten ing kitab-kitab Yahudi, ing Gen R 38, tuwin ing Tauna Debe Eliyahu 2: 25 (Yewish En.)

1639. Kathah tiyang ingkang klèntu anggènipun negesi dhawuh ingkang mungel punika. Klèntunipun wau, déné boten angèngeti pada ingkang wonten

Page 134: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para Nabi Juz XVII 888

64 Tumuli padha ambalik ma-rang awaké dhéwé, banjur padha calathu: Satemené kowé dhéwé sing padha wong atindak dudu.

65 Tumuli padha dinadèkaké tu-mungkul sirahé:1640 Sayekti temen kowé iku wis weruh, yèn iku ora (bisa) caturan.

66 Calathuné: Lah kapriyé! apa kowé iku padha angabdi marang saliyané Allah, barang kang ora migunani marang kowé babar pisan lan ora mitunani.

67 Jember tumrapé kowé lan tumrap apa kang kokawulani saliyané Allah; lah apa ta kowé iku padha ora mangerti?

ing pangandika ngriku. Ing sasampunipun tembung wonten padanipun. Dados tembung punika pisah kaliyan tembung ingkang sapisan wau. Dipun tegesi: panggedhéné iki kang nindakaké iku, punika leres, manawi ing sawingkingipun tembung ingkang kaping sapisan boten wonten padanipun. Nanging rèhning ing sadaya kitab Quran ing ngriku punika mesthi wonten padanipun, mila kedahipun ukara kakalih wau kedah dipun tegesi piyambak-piyambak. Dados fa’alahupunika ateges sawenèh kang anindakaké iku wis anindakaké iku Rz: déné tembung bal punika boten mesthi dados tembung ingkang kanggé ngorakaken (saking lingga ora) ukara ingkang sampun, wangsul asring kémawon namung ateges lan utawi satemené. LL nerangaken: “Tarkadhang tembung wau sok kanggé nembungaken gentos rembag, tanpa ngorakaken rembag /

ingkang rumiyin, sarta sami kaliyan wa, kados déné ing dhawuh Quran 85: 20, 21: (Lan Allah iku anglimputi dhèwèké saka sarupaning sisihé. O, iki Quran kang minulya; utawi inggih saged tembung wau wonten ing ngriki mengku teges kados déné tuladha ing ngandhap punika) (Msb).” Déné ukara satunggalipun, inggih punika /

,punika rèhning pratélan ingkang boten sambet kaliyan ukara ingkang sampun, dados lajeng ateges: iki panggedhéné, awit punika boten dipun remuk déning Kanjeng Nabi Ibrahim, sarta sambet kaliyan ukara candhakipun: mulané padha takonana, manawa padha bisa caturan.Pratélan ingkang kantun nganggé tembung jama’, punika boten dados punapa, jalaran tuladha bangsanipun makaten punika, inggih punika mufrad lajeng gentos jama’, punika wonten ing kitab-kitab basa Arab sarta ing Quran Suci asring sanget kasebutaken, kados boten perlu kula terangaken.

1640. punika saged ateges padha dinadèkaké tumungkul sirahé utawi padha diinger lan disungsang sirahé. Wondéné padha dinadèkaké tumungkul sirahé, punika margi kawirangan, awit sesembahanipun kacihna anggènipun apes, ngantos mastani sinten tiyangipun ingkang damel pituna dhateng piyambakipun kémawon boten saged. Déné padha diinger lan disungsang sirahé,inggih punika: sami mundur palarasan saking anggènipun babantahan kaliyan Kanjeng Nabi Ibrahim ing sasampunipun sami ngakeni ringkihipun brahala-brahala wau.

Ar. mituna-ni marang kowé

Page 135: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 21 Lalampahanipun Kanjeng Nabi Ibrahim 889

68 Padha calathu: Obongen dhèwèké, lan padha mulungana sesembahan-sesembahanmu, ma-nawa kowé padha arep tumandang gawé.

69 Ingsun ngandika: É, geni! diadhem lan dislamet tumrap Ibrahim;1641

70 Karepé arep padha nanduk-aké upayaning panglawan marang dhèwèké, ananging padha Ingsun dadèkaké wong kang banget kapitunan.1642

71 Lan Ingsun anylametaké dhè-wèké tuwin Luth (ngalih) marang tanah kang ing kono Ingsun barkahi tumrap sakèhing manusa.

72 Lan Ingsun aparing Ishaq marang dhèwèké apadéné Ya’qub, putu, sarta kabèh padha Ingsun dadèkaké wong tulus.1643

73 Lan dhèwèké padha Ingsun dadèkaké pangarep, kang nuntun (para manusa) kalawan paréntah-Ingsun, sarta Ingsun aparing wewedhar marang dhèwèké alaku becik lan anjumenengaké salat tuwin awèh zakat, apa déné marang Ingsun (dhéwé) anggoné padha ngabdi;

1641. Lalampahan punika terang manawi ngurubaken latuning panglawan dhateng Kanjeng Nabi Ibrahim, nanging punika boten saged mitunani panjenenganipun sarta panjenenganipun lastantun wilujeng boten kirang satunggal punapa. Ayat candhakipun nedahaken, bilih latu punika namung kaid,inggih punika panglawan ingkang sanget dhateng panjenenganipun, utawi perang anduwa panjenenganipun. Saged ugi para titiyang wau sami niyat badhé ambesmi Kanjeng Nabi Ibrahim, nanging upayanipun wau cabar atanpa dados. Salajengipun kula aturi mirsani 1910, 1910A.

1642. Miturut cariyos lalampahanipun Kanjeng Nabi Ibrahim ingkang kasebut ing Bébel, Kanjeng Nabi Ibrahim naté peperangan kaliyan sang nata Khedorlaomer, ratu ing Elam, tuwin para ratu sarajanipun, sarta Kanjeng Nabi Ibrahim unggul yudanipun. Kitab-kitab Yahudi ugi nyebutaken asmanipun ratu-ratu sawatawis ingkang dipun telukaken déning Kanjeng Nabi Ibrahim.

1643. Surat punika Surat Makkiyah (inggih punika dhawuh ingkang katurunaken ing Makkah). Punika anedahaken kalayan cetha, bilih panganggepipun Quran dhateng Kanjeng Nabi Ya’qub, punika

Page 136: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para Nabi Juz XVII 890

74 Apa déné Luth, iku Ingsun paringi kawicaksanan lan kawruh, sarta Ingsun salametaké saka ing kutha, kang alaku jember; sayekti dhèwèké iku para bangsa kang ala, murang yakti;*

75 Lan dhèwèké Ingsun lebok-aké marang ing wilasa-Ningsun; sayekti dhèwèké iku sawenèhing para wong tulus.

RUKU’ 6

Allah milujengaken para Nabi saking mengsahipun

76, 77. Nabi Nuh dipun wilujengaken. 78-82. Allah amaringi kawruh lan kawasa dhateng Nabi Dawud lan Sulaiman. 83, 84. Nabi Ayub dipun wilujengaken. 85, 86. Nabi Ismail, Idris, sarta Dzulkifli dipun lebetaken dhateng wilasanipun Pangéran. 87, 88. Nabi Yunus dipun wilujengaken.89, 90. Panyuwunipun Nabi Zakariya dipun parengaken. 91. Siti Maryam kaliyan putranipun.92, 93. Sadaya manusa punika bangsa satunggal.

76 Lah Nuh, nalika dhèwèké anguwuh dhèk biyèn; lah Ingsun wis anyembadani marang dhèwèké, tumuli dhèwèké dalah pandhèrèké Ingsun salametaké saka babaya gedhé.

77 Sarta dhèwèké Ingsun pitulu-ngi saka wong-wong kang padha angemohi marang timbalan-tim-balan-Ingsun; sayekti dhèwèké iku wong-wong kang padha ala; mula-né padha Ingsun kelem kabèh.

78 Apa déné Dawud lan Sulai-man, nalikané sakaroné anibakaké pancasan prakara pagagan, nalika-né wedhusé wong-wong padha nyenggut ing kono ing wayah be-ngi, lan marang pancasané Ingsun iki dadi saksi.

*sanès putranipun kakung Kanjeng Nabi Ibrahim, nanging wayahipun, awit nâfilah makaten tegesipun putu.

Page 137: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 21 Allah milujengaken para Nabi 891

79 Lan iku Ingsun angertèkaké Sulaiman; lan sakaroné padha Ingsun paringi kawicaksanan lan kawruh; apa déné Ingsun amba-ngun-turutaké gunung-gunung lan manuk-manuk marang Dawud, dumunung anggoné mahasucèkaké (marang Ingsun);1644 lan Ingsun iki Kang-Anindakaké.

80 Lan dhèwèké Ingsun wulang panggawéning kulambi keré tu-mrap marang sira, iku minangka panjaganing awakira saka (babaya-ning) papranganira; mulané apa sira padha (gelem) atur panu-wun?1645

81 Lan marang Sulaiman (Ingsun ambangun-turutaké) angin banter, lumaku kalawan paréntah Ingsun marang tanah, kang ing kono Ingsun barkahi, lan Ingsun iki Ingkang-Anguningani ing samu-barang.1646

Ut. angla-kokaké (prau-prauné)

1644. Ing panggènan sanès kasebutaken, bilih samukawis ing langit utawi ing bumi punika kadamel ambangun turut dhateng manusa (45: 13) sarta marambah-rambah kasebutaken, bilih lèpèn-lèpèn, seganten, surya lan rembulan, dalu lan raina, lan sanès-sanèsipun, punika sadaya kadamel ambangun turut dhateng manusa (16: 12, 14; 13: 2 lan sanès-sanèsipun). Punika anerangaken punapa tegesipun “samubarang kadamel ambangun turut” utawi taskhir punika, inggih punika namung ateges, bilih barang-barang wau kadamel amigunani dhateng manusa. Redi-redi sami mahasucèkaken punika inggih boten perlu dipun damel dodongèngan warni-warni, awit ing panggènan sanès sampun kadhawuhaken, bilih boten wonten barang satunggal kémawon ingkang boten mahasucèkaken ing Gusti Allah (17: 44).

Éwadéné kula aturi mirsani 2022, ing ngriku pratélan saminipun punika kasebutaken, sarta katerangaken bilih punika ngisarahi ing kamenanganipun Kanjeng Nabi Dawud. Dhawuh Quran ingkang nyebutaken Kanjeng Nabi Dawud, kajawi ing ngriki ing 2: 251; 4: 163; 5: 78; 6: 85; 27: 15, 16; 34: 10-13; 38: 17-30.

1645. Dhawuh punika boten asuraos anyebutaken, bilih ing sadèrèngipun Kanjeng Nabi Dawud tiyang dèrèng saged damel rasukan-keré. Panjenenganipun tansah apeperangan sarta mengsah- mengsahipun kiyat-kiyat sanget, sarta ingkang genah kémawon, wonten ing peperangan punika sadaya, panjenenganipun nyamektani upakartining perang dhateng wadyabala Israil sacekapipun. Dados saupami panjenenganipun nyamektani prajuritipun rasukan-keré ingkang sakalangkung kathah, kanggé rumeksa saking mengsah-mengsahipun, punika inggih boten nama anèh. Dodongèngan ingkang nyariyosaken, bilih tosan saged dados kados déné lilin (malam) wonten ing astanipun, punika lugu namung dodongèngan ingkang atanpa waton. Salajengipun mirsanana 2023 lan 2024.

1646. Dhawuh Quran ingkang nyebutaken Kanjeng Nabi Sulaiman, kadjawi ing ngriki, ing 2: 102; 4: 163; 6: 85; 27: 15-44; 34: 12-14; 38: 30-40. Teges ingkang kasebut ing margin punika mengku

Page 138: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para Nabi Juz XVII 892

82 Lan sawenèhé para wong kang milawani ana kang padha salulup kanggo dhèwèké lan padha anindakaké panggawéan saliyané mangkono iku; lan Ingsun iki Ingkang-Rumeksa marang dhè-wèké kabèh;1647

83 Lan Ayub, nalikané dhèwèké anguwuh Pangérané, (unjuké): Kawula punika kataman cintraka, saha Tuwan punika Welas-welas-ipun para ingkang sami ambek welas.

84 Mulané Ingsun anyembadani marang dhèwèké, tumuli Ingsun birat sarupané cintraka kang ana ing awaké, apa déné dhèwèké Ingsun paringi pandhèrèk lansapapadhané padha manunggal: minangka wilasa saka ngarsa-Ningsun sarta pépéling tumrap para kang padha manembah.1648

Ar. sétan

Ut. kula-wargané

tegesipun ingkang saleresipun tembung-tembung wau. Baita-prangipun Kanjeng Nabi Sulaiman punika ageng sanget pigunanipun tumrap panjenenganipun. Miturut babad Bébel, “kaliyan bangsa Phenesia panjenenganipun manunggil dadaganganipun mawi baita layar; saben tigang taun sapisan panjenenganipun ngintunaken baita-baitanipun saking Ezion-geber, ing sirahipun teluk Aqabah, dhateng Ophir, ambokmanawi kémawon ing pasisiripun jazirah Arab ingkang sisih wètan. Saking tanah ingkang tebih punika, lan tanah sanès-sanèsipun ingkang kamargèn, panjenenganipun saged angsal emas lan wulu-wedalipun nagari-nagari ingkang bentèr hawanipun, ingkang sakalangkung déning kathah sanget. Inggih awit saking anggènipun angsal pengasilan ingkang tanpa wilangan kathahipun wau, mila panjenenganipun ngantos prasasat tanpa wates kasugihanipun ingkang kanggé mewahi kaluhuraning kitha kerajanipun lan karatonipun, punapa déné kanggé nyampurnakaken tatananing prajanipun, inggih ingkang magepokan kaliyan pangrèh-praja, inggih ingkang magepokan kaliyan wadyabala” (Yewish Ency.). Kula aturi nyundhukaken ugi kaliyan 14: 32: “Lan Panjenengané iku kang ambangun-turutaké marang sira prau-prau, murih padha lalayaran ana ing sagara kalawan dhawuh-É,” ingkang cocog sanget kalayan ingkang kasebutaken wonten ing ngriki punika. Tegesipun tembung taskhir, ambangun-turutaké utawi ngerèhaké punika kadospundi, kula aturi mirsani 1644.

1647. Para syayathîn, sétan-sétan ingkang sami slulup mendhet mutiara saking dhasaring saganten, punika sami kémawon kaliyan para tukang-slulup ing jaman samangké punika, namung kaot langkung kendel lan langkung kiyat, jalaran kala samanten kakiyatan punika kanggé angka satunggal, sanès kawruh kados ing jaman samangké. Tembung Arab syaithân, punika ateges: tiyang, utawi jinn, utawi sato, ingkang sakalangkung gumedhé, andaga, utawi murang-tata (LL). Salajengipun kula aturi mirsani 2027.

1648. Pandhèrèk utawi kulawarganipun Kanjeng Nabi Ayyub kaparingaken wangsul, punika boten ateges, bilih sami kagesangaken malih saking èwonipun tiyang ingkang sampun sami pejah. Awit, samangsa satunggaling tiyang punika pisah kaliyan kanca-kancanipun utawi kulawarganipun, manawi kempal utawi pinanggih malih, kénging winastan piyambakipun punika kaparingan wangsul

Page 139: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 21 Allah milujengaken para Nabi 893

85 Apa déné Ismail lan Idris tuwin Dzulkifli; kabèh iku sawe-nèhing para wong sabar;1649

86 Sarta padha Ingsun lebokaké ing wilasa-Ningsun; sayekti dhè-wèké iku sawenèhing para wong tulus.

87 Lan Yunus,1650 nalikané lunga kalawan anawung bendu,1651

banjur nyana, manawa Ingsun ora bakal angrupekaké dhèwèké,1652

mulané ing sajroning prihatin1653

dhèwèké anguwuh, unjuké: Boten wonten sesembahan kajawi Tuwan, mahasuci Tuwan punika; saèstu

Ar. pepe-teng

kanca-kancanipun utawi kulawarganipun, tanpa mengku teges, bilih para kanca lan kulawarga wau sami kagesangaken malih saking èwonipun para titiyang ingkang sampun pejah. Kula aturi mirsani 2144, 2145 tuwin 2146, ing ngriku katerangaken, bilih Kanjeng Nabi Ayyub kempal kaliyan kulawarganipun tuwin para mitranipun sasampuning panjenenganipun tindakan ngantos tebih, tur nandhang rekaos mawarni-warni.

1649. Asma Dhu-l-kifl ingkang kasebutaken ing ngriki, punika, tegesipun wantah tiyang ingkang angsal panduman sapérangan nanging sampun nyekapi (Rgh). Para mufassirin sami béda-béda ing pamanggih anggènipun mastani panjenenganipun wau, cocogipun kaliyan salah satunggaling nabi-nabi ingkang kasebut ing Bébel, wonten ingkang mastani bilih panjenenganipun punika Kanjeng Nabi Zakariya, Ilyas lan wonten ingkang mastani Kanjeng Nabi Yusya’ (Rz). Rodwell nyebutaken, awawaton “Travels of Niebuhr,” bilih titiyang Arab mastani Nabi Khizkiyal punika Kifl. Dados panginten bilih Dhulkifl punika Nabi Khizkiyal, punika langkung maton. Nabi punika namung kasebutaken sapisan malih, inggih punika ing 38: 48, nanging boten prabéda lan ing ngriki, ing ngriku inggih boten mawi kasebutaken lalampahanipun.

1650. Dhunnun punika asmanipun sanès Kanjeng Nabi Yunus, inggih punika nabi ingkang kasebutaken ing 6: 87; 10: 98, tuwin ing 37: 139. Dhunnun, punika wantahipun ateges kang anduwéni .

iwak, sarta paparab saminipun punika, inggih punika jawinipun: mitraning iwak,punika kasebutaken wonten ing 68: 48. Déné paparabipun Kanjeng Nabi Yunus punika, kapirid saking lalampahan nalika panjenenganipun dipun saut ing ulam, ingkang kateranganipun kasebutaken ing 2123.

1651. Kitab Quran babar pisan boten amulangaken, bilih Kanjeng Nabi Yunus bendu dhateng Gusti Allah. Sampun terang bilih ingkang dipun bendoni punika umatipun, margi saking anggènipun sami ambeguguk (Rz). Mirsanana ugi 2121.

1652. punika miturut para mufassirin sami kaliyan jawinipun ora pisan-pisan Ingsun bakal angrupekaké dhèwèké; makaten ugi inggih kados makaten /

punika anggènipun negesi para paramèng-basa dhateng tembung Kula aturi mirsani LL, ing ngriku nyebutaken wawaton sawatawis kathah.

1653. Punika tegesipun babaya utawi rekaosipun wonten ing saganten (M-LL). Mila rekaos punika kasanépakaken kaliyan pepeteng, awit samangsa tiyang punika wonten ing dalem rekaos, boten prabéda lan manawi wonten ing pepeteng, muk-mukan boten sumerep margi.

Page 140: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para Nabi Juz XVII 894

kawula punika sawenèhipun para ingkang adamel pituna ing badan-ipun piyambak.1654

88 Tumuli Ingsun anyembadani ing dhèwèké sarta ngentasaké dhèwèké saka ing prihatin, lan kaya mangkono anggon Ingsun anylametaké para wong angèstu.

89 Lan Zakariya, nalikané ngu-wuh marang Pangérané: Pangéran kawula! mugi kawula sampun Tuwan togaken ijèn kémawon; saèstu Tuwan punika saé-saénipun para ingkang sami maris.1655

90 Tumuli Ingsun anyembadani marang dhèwèké sarta Ingsun pari-ngi Yahya, apa déné dhèwèké rabi-né Ingsun dadèkaké bisa becik;1656

sayekti dhèwèké iku padha agan-cang-gancangan ing panggawé becik, sarta padha anyunyuwun marang Ingsun kalawan pangarep-arep lan kalawan wedi; apa déné padha konjem marang Ingsun.

91 Lan (wong wadon) kang rumeksa kasuciané;1657 tumuli ing jeroné Ingsun tiyup wewedharing sabdaa saka Ingsun, sarta dhèwèké lan anaké lanang Ingsun dadèkaké tandha tumrap sakèhing bangsa.

Ut. rûha. 653

1654. Panyuwunipun Kanjeng Nabi Yunus punika saged suka gagambaran dhateng kula sami candraning watekipun manusa samangsa nemahi rekaos. Sampun boten wonten semang-semangipun malih, bilih manusa punika tansah andadosaken awakipun piyambak nandhang pituna. Nugrahaning Pangéran, ingkang ngentasaken piyambakipun. “Kawula” ing ngriku mengku teges “manusa.” Déné tembung “dzulm,” miturut sawenèh ngulami, tegesipun ingkang sakawit nuqsh (MF, TA), jawinipun: adamel nandhang pituna utawi karusakan (LL).

1655. Inggih punika, tiyang ingkang lastantun gesang mangka tiyang sanès-sanèsipun sampun sami pejah.

1656. Bisa becik punika tegesipun saged nglahiraken anak, awit garwanipun Kanjeng Nabi Zakariya punika kakinten manawi gabug.

1657. Dhawuh punika boten wonten ingkang mangandikakaken bab “kalahiraken kalayan mulus suci ing dosa” (kados piwulangipun Nasrani Katolik, ingkang amastani, bilih sadaya manusa sami

Page 141: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 21 Titiyang tulus amaris bumi 895

92 Sayekti, iki agamanira agama(mung) sawiji, lan ingsun iki Pangéranira; mulané padha angab-dia marang Ingsun.1658

93 Lan dhèwèké padha medhot prakarané antarané golongané; kabèh bakal padha bali marang Ingsun.

RUKU’ 7

Para titiyang tulus sami badhé amaris bumi

94. Ganjaranipun tiyang tulus. 95. Tiyang pejah boten badhé gesang malih. 96-100. Ya’juj lan Ma’juj sarta para ingkang sami anasaraken ing sanès sami badhé dipun pidana. 101-105. Para tiyang tulus sami badhé amaris bumi. 106. Kanjeng Nabi Suci punika kautus, minangka wilasa tumrap sadaya bangsa. 107-112. Para ingkang sami milawani badhé tampi pancasaning pangadilan.

94 Mulané sapa sing anglakoni panggawé becik sarta dhèwèké iku wong angèstu, lah ora bakal disilep lakuné, lan sayekti, (iku) Ingsun tulisi tumrap dhèwèké.

95 Lan wis tan kena ora, tumrap kutha kang Ingsun lebur, sayekti dhèwèké ora bakal padha bali.1659

kadunungan dosa asal utawi dosa warisan, kajawi Siti Maryam piyambak, ingkang miyosipun murni-mulus tan kalepetan ing dosa. Pan.). Rumeksa ing kasuciané, inggih punika tegesipun ingkang sajati tembung punika boten kok mengku teges boten ngéngingaken kempalipun jaler lan èstri ingkang sesémahan kalayan apsah.

1658. Ing sadaya jaman lan ing sadaya nagari, piwulang ingkang mangka tatales dhadhasaring sadaya agami ingkang kawulangaken déning para andika nabi, punika sami kémawon sarta namung wonten warni satunggal, inggih punika: Gusti Allah punika Gustinipun sadaya samukawis, sarta ngemungaken Panjenenganipun Pribadi ingkang kedah dipun sembah. Tembung ummah punika kénging dipun tegesi ummat, kénging dipun tegesi agami (Rgh). Tembung ummah ingkang ateges agami wau ugi dipun agem wonten ing Quran Suci, kadosta ing 43: 22, malah kapara teges punika teges ingkang sekawit, ingkang mengku kajeng margi utawi enering panindak sarta ugi ateges agami (LL). Tatales dhadhasaring agaminipun para nabi punika namung satunggal lan sami kémawon, dados para andika nabi piyambak, punika sampun awujud umat satunggal.

1659. Tembung qaryah, utawi kutha ing ngriki, punika tegesipun: wonging kutha. Déné haramtegesipun: wâjib, ing basa Jawi inggih wajib, perlu, kedah. Miturut Kasâi, I’Ab negesi tembung punika, nanging ingkang radi éwah sakedhik ungelipun, inggih kados makaten wau. Minangka kanggé tuladha kanggé ngiyataken teges wau, panjenenganipun mawi nyebutaken kidunganipun Abdu-r-Rahman bin Jumanah, inggih punika satunggaling juru-kidung nalika jaman Jahiliyah, ingkang ungelipun makaten: .

Lah ing ngriku terangtembung haram punika sami kaliyan tembung wajib (Rz). Ayat punika medharaken kasunyatan ageng, inggih punika: bilih tiyang ingkang sampun sami kaicipaken ing pejah, punika boten badhé dipun wangsulaken malih dhateng donya punika. Nisai tuwin Ibnu Majah ngriwayataken hadits

Ut. umatira

Page 142: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para Nabi Juz XVII 896

96 Dalasan nganti1660 nalikané Ya’juj lan Ma’juja diwenangi sarta bakal padha sumebar saka sarupa-ning panggonan kang dhuwur.1661

97 Sarta janji kang nyata bakal wis caket, lah ing kono mripat-mripaté para kang padha kafir padha maleleng: O, cilaka aku iki, temen aku iki biyèn padha ana ing sajroning léna tumrap prakara iki, malah aku iki biyèn padha atindak dudu.

98 Sayekti, sira kabèh lan apa kang padha sira sesembah saliyané Allah, iku urub-urubing naraka; sira bakal padha tumeka mrono.

99 Lamun ta iku sesembahan, amasthi ora bakal padha tumeka mrono sarta kabèh bakal padha ana ing kono olèhé manggon.

100 Ana ing kono bagéané bakal padha menggèh-menggèh sarta ana ing kono ora bakal padha ngrungu.1662

pangandikanipun Kanjeng Nabi, ingkang suraosipun makaten: Jabir, anakipun jaler Abdullah, dipun paringi sumerep déning Kanjeng Nabi, bilih Abdullah, bapakipun, ingkang pejah sahid nalika tumut peperangan nglawan mengsah-mengsahipun Islam, nalika kadangu déning Gusti Allah Ta’ala punapa ingkang dipun péngini sanget unjukipun kepéngin wangsul dhateng ngalam donya sarta lajeng pejah malih karana nglabuhi yakti; nanging piyambakipun lajeng nampèni dhawuh wangsulan, bilih ingkang makaten punika boten saged tumindak, awit “sabda iku wus kawijil saka Sariraningsun, yèn sayekti iku ora bakal padha bali.” Lah ukara ingkang wekasan punika terang manawi wekasaning dhawuh ing ayat punika. Awit saking punika dados, manawi ayat punika kacundhukaken kaliyan hadits wau, saged suka pancasan ingkang gumathok, bilih boten wonten tiyang satunggal kémawon ingkang sampun pejah, wangsul gesang dhateng ngalam donya punika. Makaten ugi ayat punika inggih anedahaken, bilih satunggaling umat ingkang dipun lebur, punika boten ngadeg malih.

1660. Ayat ingkang sampun, isi dhawuh ingkang nyegah tiyang ingkang sampun pejah wangsul gesang malih dhateng ngalam donya, utawi umat-umat ingkang sampun kalebur jumeneng malih. Déné ayat punika anedahaken, bilih dalasan Ya’juj lan Ma’juj pisan, nadyan saged angsal kemenangan ageng wonten ing donya punika, meksa inggih badhé teluk dhateng angger-angger punika. Kateranganipun tembung hatta ingkang ateges dalasan, kula aturi mirsani LL, ingkang nyebutaken Mgh.

1661. Punika anedahaken, bilih badhé dhateng masakalanipun Ya’juj lan Ma’juj menang ing saindhenging bawana. Déné sumebar saking sarupaning panggènan ingkang inggil, punika tegesipun nyepeng sarupaning pangkat ingkang mikantuki saha ingkang minulya.

1662. Sinten ingkang nalikanipun wonten ing donya ngriki boten purun mirengaken piwulangipun yakti, ing gesang sasampuning pejah, badhé tinangèkaken kalayan nandhang budheg.

a. 1523 Ut. digawé angalahaké (jagad) Ut. diucul-aké

Page 143: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 21 Titiyang tulus amaris bumi 897

101 Sayekti, para kang wus padha andhingini olèh becik saka Ingsun, iku bakal diedohaké saka ing kono;1663

102 Ora bakal padha ngrungu lamat-lamating swarané, sarta bakal padha manggon ana ing panggonan kang dadi kapéngi-naning jiwa-jiwané.1664

103 Lalakon gedhé banget kang anggigirisi ora bakal anusahaké dhèwèké sarta malaikat bakal padha anemoni dhèwèké: Punika dinten, ingkang sampun kajanjèk-aken ing ijengandika.

104 Ing dinané Ingsun bakal anggulung langit kaya panggu-lungé lunthungan tumrap tutulisan; iku bakal Ingsun bangun manèh kaya déné anggon Ingsun amur-wani tumitah sakawit; sawijining ubaya kang tetep ingatasé Ingsun; sayekti Ingsun bakal nindakaké iku.1665

1663. Ayat punika nulak kalayan keras pamanggih ingkang lepat, ingkang mastani, bilih nadyan tiyang tulus pisan, mesthi mawi nyemplung naraka rumiyin. Lah ing ngriki kadhawuhaken, bilih para titiyang tulus wau badhé tinebihaken saking ngriku, ngantos suwantenipun naraka ingkang lamat-lamat boten kepireng déning piyambakipun.

1664. Nugraha ingkang dipun pingini sanget déning jiwanipun para tulus, inggih punika sasambetan kaliyan Pangéran. Milanipun inggih ing dalem nugraha punika badhé gesangipun para tiyang wau bénjing wonten ing akhirat.

1665. Langit kagulung tuwin titah anyar katitahaken, punika nyasmitani pambangunan ingkang sampurna, ingkang badhé kalampahan wonten ing tanah Arab déning ayahan ingkang kaampil déning Kanjeng Nabi. Pambangunan wau pambangunan ingkang sakalangkung ageng, ngantos prasasat bumi langit sami éwah sadaya. Bangsa ingkang remen peperangan sami bangsa piyambak, ingkang mahanani wontenipun reretu saha reresah ingkang boten wonten telas-telasipun wonten ing nagari, malik grembyang dados bangsa ingkang manunggil, jumedhul kalayan ambekta kamenangan lan papadhang. Gagasan ingkang asor kados ingkang dumunung wonten ing laré alit, tuwin gugon-tuhon panasaran yasanipun para tukang-pethèk, dhukun-préwangan saha para manembah-lintang, punapa déné penembah-brahala ingkang ngasoraken kudrat dumadosipun manusa piyambak, sirna atanpa tilas, ingkang wonten ngemungaken sumarah ingkang ambabarpisani dhateng karsanipun Pangéran saha sasambetan kaliyan Tukipun ingkang sajati sawarnining kasucian. Katerangan makaten wau dipun kiyataken déning ayat sambetipun.

Ar. dinten ijengandika

Page 144: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para Nabi Juz XVII 898

105 Lan sayekti, temen wus Ingsun tulis ing dalem Kitab ing sawusing pépéling, yèn bumi, iku kang bakal maris kawula-Ningsun para wong kang tulus.1666

106 Sayekti, ing sajeroné iki, iku sawijining ayahan marang wong kang padha angabdi (marang Ingsun).

107 Lan anggon-Ingsun angutus ing sira iku ora liya kajaba minangka wilasa tumrap sakèhing bangsa.1667

108 Calathua: Mung sabda ka-wedharaké marang aku, manawa sesembahanmu iku Sesembahan sawiji; lah apa kowé padha gelem sumarah?

1666. Sampun marambah-rambah Quran memèngeti para kafir, bilih agami Islam mesthi badhé menang wonten ing tanah Arab, tuwin para kawula ingkang tulus ingkang sami nandhang panganiaya punika, ing satunggaling wekdal mesthi badhé nyepeng tanah Arab. Dhawuh punika ugi mengku piweca, bilih Tanah Suci mesthi badhé kadarbé ing para Muslimin. Piweca punika katuhonan wahananipun nalika jamanipun Khalifah ‘Umar. Kula aturi mirsani Zabur 37: 29.

1667. Sampun boten wonten semang-semangipun malih, bilih dhawuh punika wigatos mangandikakaken pengrengkuh ingkang kaliyan sih-wilasa, ingkang katumrapaken dhateng para mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi. Suprandéné suraosipun ingkang sajati dhawuh punika mangandikakaken, bilih rawuhipun Kanjeng Nabi, punika boten namung dados wilasa tumrap bangsa Arab kémawon, inggih punika déné sampun andadosaken bangsa Arab wau dados bangsa ingkang onjo wonten ing donya, nanging ugi dados wilasa tumrap manusa sadaya. Malah menggah ing sajatos-jatosipun, piwulangipun Quran punika boten namung maédahi pendhèrèkipun Islam kémawon, nanging dalasan para ingkang taksih milawani piwulangipun Islam inggih angsal paédah, awit nadyan sami milawani, piyambakipun sami nganggé piwulangipun Islam ingkang adiluhung kathah sanget. Dalasan bangsa-bangsa ing tanah Eropah, punika inggih badhé kacihna bilih anggènipun manggih kabegjan ageng, punika margi saking anggènipun sami nindakaken tatales-tatalesipun Islam. Kajawi punika, mila agami Islam dados wilasa tumrap sadaya bangsa, awit Islam punika sampun mangsulaken dhateng donya punika sawarnining piwulang ingkang mahanani ing kaluhuran saha kaagunganipun manusa, ingkang ing donya babar pisan boten wonten kakantunanipun nalika jaman sadèrèngipun agami Islam rawuh, sarta margi agami Islam punika nyirnakaken pangandel gugon-tuhon tuwin piwulang sanès-sanèsipun ingkang ngasoraken manusa.

Dhawuh pangandika punika anetepaken kaliyan cetha, ing kaluhuranipun Kanjeng Nabi Suci Muhammad angungkuli nabi sanès-sanèsipun ing jagad. Awit sadhéngah nabi ing sadèrènging panjenenganipun, punika kautusipun minangka wilasa tumrap satunggaling umat ingkang tartamtu, nanging Kanjeng Nabi Muhammad kautusipun minangka wilasa tumrap dhateng saindhenging bawana. Lumantar panjenenganipun, sadaya umat ing bumi badhé binarkahan. Sarta sampun boten wonten semang-semangipun malih, bilih pepeteng andhedhet lilimengan ingkang nyrambahi ing saindhenging jagad nalika jaman sadèrènging miyosipun Kanjeng Nabi Muhammad, punika sirna sami sanalika déning rawuhing panjenengaipun, sarta papadhang lan kawruh, sami tutwingking Islam.

Page 145: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 21 Titiyang tulus amaris bumi 899

109 Déné manawa dhèwèké pa-dha maléngos, banjur calathua: Anggonku awèh pépéling marang kowé kalawan sabener-beneré, lan aku ora weruh apa wis cedhak apa isih adoh barang kang diancamaké marang kowé iku:

110 Sayekti Panjenengané iku angudanèni pangucap kang kalair sarta Panjenengané angudanèni apa kang kosidhem:

111 Apa déné aku ora weruh, manawa-manawa iku minangka coba tumrap kowé lan pasadhiyan tumeka sawatara mangsa.

112 Calathuné: Dhuh pangéran kawula! mugi Tuwan mancasi kalayan yakti; sarta Pangéranku iku Ingkang-Mahamurah, Ingkang-Disuwuni-pitulung anulak saba-rang kang koanggo anyifati (Pan-jenengané).

____________

Page 146: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

SURAT 22

AL-HAJJ

(Haji)

KADHAWUHAKEN ING MAKKAH

(10 ruku’, 78 ayat)

Pathinipun:

Ruku’ 1. Pancasan. Ruku’ 2. Kayakinan dhateng pitulungipun Pangéran. Ruku’ 3. Para mukmin badhé unggul. Ruku’ 4. Padaleman Suci. Ruku’ 5. Kurban. Ruku’ 6. Para mukmin dipun idini perang. Ruku’ 7. Panglawan dhateng Kanjeng Nabi Suci. Ruku’ 8. Para susatya badhé katetepaken wonten ing bumi. Ruku’ 9. Wilasanipun Pangéran ing dalem anggèn-Ipun angasta manusa. Ruku’ 10. Panembah-pangéran-kathah badhé dipun rungkad.

Namanipun tuwin gathukaning suraosipun

Punika surat ingkang kaping nem tumrap golongan Makkiyah ingkang angka tiga. Surat ingkang sampun mangandikakaken menangipun yakti ingkang wekasan ing saumumipun, surat punika mangandikakaken mligi menangipun yakti ingkang kagelaraken déning Kanjeng Nabi Suci ing Makkah; panjenenganipun tinundhung saking Makkah, sarta kitha punika kadhawuhaken kalayan cetha wonten ing ngriki bilih calon badhé dados punjeripun titiyang Muslimin, para ingkang sami ziyarah haji saking saindhenging jagad badhé nglempak wonten ing ngriku. Ing ngriki ugi para Muslimin dipun idini perang karana rumeksa Padaleman Suci, ingkang menggah ing sajatos-jatosipun rumeksa kamardikanipun sadaya agami. Sababipun déné surat punika winastan Haji, jalaran pranatan ngibadah haji ingkang asalipun kaundhangaken déning Kanjeng Nabi Ibrahim, punika ing sapunika dipun ambali déning Kanjeng Nabi sarta kaundhangaken dhateng saindhenging jagad, sampun boten winatesan namung ing tanah Arab thok. Lastantunipun pranatan haji, punika sajatosipun dados tandhayekti lastantunipun Islam, awit saking punika maksudipun ingkang sajati undhang-undhang bab haji punika ngundhangaken kamenanganipun Islam.

Ingkang kawarsitakaken

Urut-urutaning dhawuh ing dalem surat punika kacetha wonten ing pratélan pathinipun surat punika. Ing wekasaning surat ingkang sampun, para titiyang tulus dipun paringi janji bilih badhé sami maris bumi. Punika mengku teges leburipun titiyang ingkang ing sapunikanipun nguwaosi para tulus wau, milanipun wonten ing ayat-ayatipun surat punika ingkang wiwitan para titiyang wau sami dipun paringi pèpènget bilih pancasan sampun celak sarta leburipun wau anggigirisi sanget. Ruku’ ingkang kaping kalih andhawuhaken kalayan tetembungan ingkang cetha tuwin ceplos, bilih pitulungipun Pangéran dhateng Kanjeng Nabi punika sampun genah, déné mila dhawuh wau kawiyos kalayan antep ceplos, punika margi ing wekdal wau Kanjeng Nabi sakalangkung déning apes kawontenanipun, pangrencana awon sampun karakit kalayan mateng atharik-tharik lumawan panjenenganipun, sarta panjenenganipun sampun mèh ngungsi nebihi mengsah-mengsahipun. Ruku’ candhakipun andhawuhaken kenceng kamenanganipun para mukminin, ingkang ing sapunikanipun sami lumajeng ngungsi kalih-kalih lan tiga-tiga karana anyingkiri panganiayaning mengsahipun ingkang wengis lan remen atindak niaya. Kamenanganipun kaum Muslimin punika mengku teges ugi bedhahipun Makkah,

Page 147: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 22 Haji 901

awit tanpa punjer ruhani punika, kamenanganipun boten sampurna, awit saking punika mila ruku’ ingkang kaping sakawan lajeng mangandikakaken bab Padaleman Suci tuwin bab ziyarah haji mriku. Bab ingkang ugi sasambetan kaliyan prakawis wau, inggih punika bab kurban, karembag wonten ing ruku’ candhakipun, sarta pangurbananipun titiyang Muslimin piyambak, ingkang ing sapunika kadhawuhaken, ingih punika ngurbanaken jiwa raganipun karana yakti, kapangandikakaken wonten ing ruku’ ingkang kaping nem, inggih punika ingkang lajeng dados pupucuking rembag bab prakawis perang. Panglawan dhateng Kanjeng Nabi Suci kasebutaken wonten ing ruku’ ingkang kaping pitu, déné ruku’ ingkang kaping wolu nyebutaken kalayan cetha bilih para angèstu badhé katetepaken wonten ing bumi manawi sami purun kurban ageng-agengan. Nanging garapipun Allah punika nadyan dhateng para mengsahing yakti kalayan wilasa, awit saking punika mila ing sawatawis wekdal siksanipun dipun sumenèkaken. Bab punika kapangandikakaken wonten ing ruku’ ingkang kaping sanga, ingkang ugi anedahaken bilih namung béda ing pangandel punika boten murugaken angsal pidana wonten ing donya punika. Ruku’ ingkang kaping sadasa, inggih punika ruku’ ingkang pungkasan piyambak, ngringkes dhawuh sadaya sarana anedahaken bilih panembah-brahala punika ing wasananipun mesthi badhé dipun rungkad dalah saoyod-oyodipun pisan.

Titimangsa tumurunipun

Nadyan sadaya ngulami angakeni bilih sabagéan ageng surat punika kadhawuhaken ing Makkah, éwadéné tumrap sawenèh ayat-ayatipun wonten ingkang mastani bilih tumurunipun punika wonten ing Madinah, I’Ab kagungan pamanggih bilih ayat 19-22 punika kagolong wahyu Madaniyah (AH), déné ayat-ayat sanèsipun ing surat punika sadaya kaanggep wahyu Makkiyah. Nanging pamanggihipun I’Ab bab wekdal saha panggènan tumurunipun ayat-ayat wau boten adhadhasar katerangan ingkang saking babad, nanging sajatos-jatosipun tuwuh saking panyuraosipun dhateng ayat-ayat wau. Panjenenganipun kagungan pamanggih bilih dhawuh: iki rong golongan kang padha babantahan ing dalem prakara Pangérané punika ingkang dipun karsakaken dhawuh golongan kakalih ing Badar; nanging ungeling dhawuh ingkang asli anedahaken bilih ingkang dipun karsakaken punika para tiyang mukmin lan para tiyang kafir umumipun; ayat-ayat wau mangandikakaken wadyabala kakalih ingkang campuh perang sarta inggih boten wonten ingkang anedahaken bilih ayat-ayat wau mangandikakaken golongan kakalih ingkang ababantahan prakawis agami. Kosokwangsulipun, ayat-ayat wau mathuk dipun suraos kados ingkang sampun katerangaken ing nginggil. Langkung-langkung malih saupami ayat-ayat punika boten kasebutaken ing ngriku, mesthi ambibrahaken lalajenganipun bab ingkang karembag. Wiwitaning dhawuh ing ayat 18 mangandikakaken kalayan terang golongan kakalih, para kafir lan para angèstu; ing ayat 18 ngriku golonganing tiyang warni kalih wau kasebutaken makaten: sapisan tiyang ingkang manut miturut ing Allah, kaping kalih tiyang ingkang kedahipun angsal siksa; golongan ingkang angka kalih punika kapangandikakaken ing ayat 19-22, ing ngriku katerangaken kalayan cetha siksanipun; wondéné golongan ingkang sapisan kapangandikakaken ing ayat 23, 24. Dados awit saking punika ayat 19-22 punika tumurunipun mesthi sareng kaliyan ayat-ayat tunggilipun wau, sarta anggènipun asli wahyu Makkiyah, punika sampun genah tanpa wonten semang-semangipun malih.

Tuwan Rodwell sampun cetha lepat anggènipun anggolongaken surat punika wonten ing éwonipun wahyu Madaniyah akhir; sarta piyambakipun inggih klèntu sanget manawi gadhah panganggep bilih surat punika kalebet ingkang angka 107 tumrap urut-urutaning tumurunipun wahyu. Tuwan Muir anggolongaken surat punika wonten ing telas-telasaning surat-surat Makkiyah jaman ingkang kaping gangsal; pasaksèn saking jawi lan saking nglebet (mirid suraosipun), anedahaken bilih pamanggihipun wau leres. Pamanggih ingkang mastani ayat 26-41, ingkang mangandikakaken bab ngibadah haji, kagolong Madaniyah, punika pamanggih ingkang tanpa waton. Nanging tumrap ayat 39-41, prayogi kula aturaken pisan, bilih nadyan ayat-ayat wau mangandikakaken idin perang, nanging punika boten lajeng kénging kanggé masthèkaken bilih tumurunipun wonten ing Madinah, dupèh ing Makkah boten naté wonten perang. Rembagipun ingkang panjang bab prakawis punika mirsanana 1697. Pantes dipun pèngeti bilih sumpah prasetya-nipun para titiyang Madinah ingkang ngrasuk Islam, ing ‘Aqabah, nalika sadèrèngipun Kanjeng Nabi hijrah, punika isi janji prasetya bilih sami badhé perang ambélani Kanjeng Nabi. Sumpah prasetya ingkang makaten punika mesthi boten dipun wontenaken, manawi wahyu ingkang ngidini perang karana rumeksa dhiri punika dèrèng katurunaken dhateng Kanjeng Nabi. Bab prakawis ayat 58, 59, mirsanana 1705, déné prakawis ayat 67, boten kacetha watonipun winastan wahyu Madaniyah punika.

Page 148: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Haji Juz XVII 902

RUKU’ 1

Pancasan

1, 2. Pancasan anggigirisi. 3, 4. Para tiyang ingkang sami angemohi. 5-7. Titiyang pejah sami badhé dipun tangèkaken. 8-10. Asor wonten ing donya minangka cacala siksa ing akhirat.

Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, Ingkang-Mahaasih.

1 É, para manusa! dipadha prayitna marang (pidananing) Pangéranira; sayekti gonjang-ganjinging1668 “wayahé” iku sawi-jining barang kang anggiggirisi.1669

1668. Tembung zalzalah punika aslinipun ateges gonjang-ganjing (I’Ab, Rz), mila punika tegesipun lindhu. Nanging kanggénipun tembung punika ingkang kalayan mengku suraos sanèsipun malih, punika wiyar sanget tebanipun. Asalipun zalzala punika ateges: andadèkaké ing /

dhèwèké dumunung ana ing kaanan worsuh (LL). Ukara punika mengku teges: dhèwèké teka kalawan anggawa unta, kang digiring kalawan sarosa (TA). Sarta miturut TA wau ugi /

punika ateges: kaum iku nyalèwèng saka dadalan sing bener sarta atiné padha katiyupan ing wedi. Pantes pinèngetan, kanggènipun tembung punika mligi kanggé nembungaken kawonipun mengsah, mengku suraos manahipun sami katiyupan ing ajrih. Kadosta ing 33: 11 wonten tembungipun ingkang kados makaten wau, makaten ugi ing dalem donganipun Kanjeng Nabi, nalika sadaya pancer Arab sami sekuton sumedya numpes umat Islam ing Madinah ingkang sakedhik cacah- /

ipunpunika, wonten ukaranipun ingkang mungel makaten ingkang jawinipun: Dhuh Gusti Allah! mugi Paduka ambibaraken wadyabala ingkang sami kerig lampit ngempal dados satunggal punika lan mugi Paduka andadosaken kawontenanipun para titiyang wau mutawatosi tumrap piyambakipun (TA-LL). Utawi tembung zalzilhum wau kénging kula tegesi: mugi Paduka tiyupaken giris dhateng manah-manahipun (IAs). Miturut Ibnu Anbari tembung /

punika ateges: Rasa giris ngenani kaum iku (LL). Tembung zalâzil(inggih punika jama-ipun tembung zalzalah, dados sanès kok jama’-ipun tembung mufrad ingkang boten kasumerepan, kados déné pamanggihipun LL, punika kalayan cetha dipun tegesi: rekaos, cobi,kasusahan (TA-LL). Dados zalzalatu-s-sâ’ah, boten sanès kajawi mengku teges giris utawi kasusahaning sa’até (wayahé). Kados makaten punika ugi salah satunggaling teges ingkang dipun anggé déning AH.

1669. Ing Quran Suci, tembung As-sa’ah utawi “wayahé” punika boten mesthi mengku teges: dinten pancasan (dinten kiyamat). Asring kémawon tembung wau mengku teges wanci dhumawahing pancasan ing gesang sapunika-punika ugi, inggih punika wekdal nalikanipun pidana ingkang kaancamaken, dhumawah saèstu dhateng satunggaling kaum. Sarta inggih teges punika sajakipun teges ingkang dipun agem wonten ing ngriki, awit ayat sambetipun anggambaraken kawontenan ingkang anggigirisi wau kalayan tetembungan ingkang namung mathuk kanggé wonten ing gesang sapunika, jalaran ing dinten pancasan (dinten kiyamat) makaten sampun boten wonten tiyang èstri ngandhut lan boten wonten tiyang èstri nesepi. Sawenèh wonten ingkang anggadhahi pamanggih, bilih gonjang-ganjinging bumi ingkang anggigirisi punika minangka pratandhaning pancasan ageng sampun celak; nanging nadyan makatena pisan, saged namung mengku teges babaya ageng ingkang anggigirisi kadosta perang ageng.

Page 149: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 22 Pancasan 903

2 Ing dinané sira andeleng iku, sarupané wong wadon kang nusoni bakal bingung aninggal susonané, lan sarupané wong wadon kang ngandhut angruntuhaké kandhu-tané, lan sira bakal andeleng wong-wong padha mendem, lan (saja-tiné) ora padha mendem, ananging siksaning Allah iku keras.

3 Lan sawenèhing wong ana kang kalawan tanpa kawruh ama-doni prakara Allah sarta manut sarupaning sétan kang milawa-ni.1670

4 Tumrap dhèwèké wis tinulis, sapa sing apawong-mitra karo dhèwèké, lah iku masthi bakal sinasaraké sarta bakal tinuntun marang siksa geni murub.

5 É, para manusa! manawa sira padha ana ing sajroning semang-semang prakara “tangi”,1671 lah (weruha) yèn sayekti Ingsun wus andadèkaké sira saka ing lebu,1672

1670. Karsanipun dhawuh punika saged tumuju dhateng Abu Jahl utawi Nadlar bin Hars, nanging ugi saged tumuju dhateng sadhéngah tiyang ingkang ngetrepi kalayan katrangan punika. Kados déné ingkang asring sanget kasebutaken ing Quran Suci, sétan ing ngriki, sétan ingkang awujud manusa (Rz).

1671. Wonten ing Quran Suci, tembung ba’ts (tangi) punika kagemipun kalayan mengku teges warni tiga, inggih punika: (1) tanginipun tiyang pejah dados gesang malih miturut awon saéning pandamelipun bénjing ing dinten pancasan, inggih punika dinten cumethanipun sayektos sadaya kanyataan ruhani; (2) tanginipun titiyang ingkang pejah ruhaniyahipun margi kagesangaken déning para nabi; tuwin (3) jumenengipun para nabi-nabi ingkang kajumenengaken déning Allah supados nuntun para manusa. Déné tembung ba’ts ingkang kasebut wonten ing ngriki punika, saged mengku teges warni tiga wau sadaya, inggih punika maiben ing wontenipun dinten kiyamat, utawi maiben bilih Allah pranyata sampun anjumenengaken satunggaling nabi (inggih punika Kanjeng Nabi Muhammad), utawi maiben anggènipun Kanjeng Nabi nangèkaken piyambakipun ngantos dados gesang malih ruhaniyahipun. Déné hujjah (bukti) ingkang kasebut ing ayat ngriki lan ing ayat sambetipun, punika sami cocogipun kanggé warni tiga wau sadaya, nanging ingkang langkung katengen, kanggé tandhayaktining gesangipun malih tiyang ingkang pejah ruhaniyahipun.

1672. Dhawuh punika saged kanggé anerangaken, punapa tegesipun Adam, utawi manusa, katitahaken saking lebu, kados déné ingkang asring kasebutaken ing Quran Suci punika. Awit ing wiwitaning dhawuh punika, ingkang katuju ing dhawuh sadaya manusa, salajengipun lajeng katungka ing dhawuh ingkang mangandikakaken, bilih piyambakipun (manusa) punika sadaya kémawon sami

Page 150: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Haji Juz XVII 904

banjur saka ing wijining urip, tu-muli saka ing getih kenthel, banjur saka ing daging saereb, dumadi kalawan ganep sarta dumadi kala-wan ora ganep, amurih Ingsun bisa anerangaké (iku) marang sira;1673

lan Ingsun angenggonaké ana ing talanakan apa sakarsa-Ningsun tumeka mangsa kang tinamtu, tumuli sira Ingsun lahiraké dadi babayi, tumuli amurih tumekaning diwasanira; lan sawenèhira ana kang mati, tuwin sawenèhira ana kang binalikaké dadi pikun,1674

nganti ora weruh apa-apa kang mauné wis weruh; lan manéh sira andeleng bumi gundhul angenthak-enthak, ananging bareng Ingsun wis anurunaké banyu mrono, iku banjur obah lan malembung sarta anukulaké sawarnaning tutuwuhan kang éndah-éndah.1675

6 Iku, amarga Allah iku Ingkang-Mahayakti, lan amarga Panjenengané iku anguripaké para wong mati sarta amarga Panje-nengané iku marang samubarang kawasa.

saking lebu tumitahipun. Lah, rèhning ing ngriki punika sampun terang, bilih boten ateges badaning manusa punika rimbagan saking lempung, mila ingkang makaten punika lajeng nuwuhaken pupuntoning pamanggih, bilih dhawuh ingkang nyebutaken Adam utawi manusa katitahaken saking lebu, punika namung mengku teges mratélakaken asoring asalipun, utawi namung mengku teges bilih sadaya ingkang asipat gesang punika asal kamulanipun tuwuh saking siti.

1673. Babakalan warni-warni ingkang ing ngriki kapangandikakaken dados babakaling tumitahipun manusa, punika tegesipun tataran warni-warni ingkang mesthi dipun alami déning sadhéngah jabang bayi anaking manusa. Déné maksudipun kanggé anedahaken, kados punapa asoripun asal kamulaning manusa ing sakawit punika. Utawi ugi saged mengku suraos mangandikakaken tataraning gesang warni-warni, ingkang sampun dipun alami déning manusa, nalika piyambakipun tumuwuh lajeng saya majeng-majeng ngantos dumugi tataran ingkang sampurna ing samangké punika. Dhawuh punika ugi wigatos dhawuh anggatosaken dhateng bab tumuwuh saha mindhak majenging gesang ruhaninipun manusa.

1674. utawi apesing umur, punika tegesipun pikun lan jempo (Rz).1675. Bumi ébah lan melembung, punika tegesipun ébah lan melembung margi anuwuhaken

tutuwahan. Kula aturi nocogaken kaliyan 41: 39 sarta mirsanana 2210. Déné gagambaran punika mengku suraos ngèngetaken, bilih wahyu punika kawasa anggesangaken manah ingkang pejah, boten

Ar. didadèk-aké mati Ar. marang apesing umur

Page 151: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 22 Kayakinan ing pitulungipun Allah 905

7 Lan amarga “wayahé” iku bakal tumeka, iki ora ana semangé; tuwin amarga Allah iku bakal anangèkaké para kang ana ing kubur.1676

8 Lan sawenèhing wong ana kang kalawan tanpa kawruh ama-doni prakara Allah, tuwin tanpa tuntunan sarta tanpa kitab kang madhangi,

9 Maléngos kalawan gumen-dhungé,1677 amurih dhèwèké bisa anasaraké (ing liyan) saka dadalan-ing Allah; bagéané ana ing donya asor, lan ing dina kiyamat bakal Ingsun kon ngrasakaké siksa kang anggesengaké.

10 Iki amarga saka panggawé-ning tanganira kang dhingin-dhingin, lan amarga Allah iku ora pisan-pisan atindak dudu marang para kawula.

RUKU’ 2

Kayakinan dhateng pitulungipun Pangéran

11-13. Para ingkang tipis ing piandel. 14-16. Kanjeng Nabi Suci badhé tinulungan. 17. Bédaning piandel badhé dipun pancasi ing akhirat. 18__22. Para ingkang ngemohi badhé dipun pidana kalayan asor lan susah.

prabéda kados déné jawah saged anggesangaken siti ingkang pejah. Ayat candhakipun anyethakaken bab prakawis punika: Amarga Panjenengané iku anguripaké para wong mati sarta amarga Panjenengané iku marang samubarang kawasa. Kula aturi mirsani ugi katrangan candhakipun.

1676. Manawi badhé mangertosi punapa tegesipun para kang ana ing kubur punika, kacocogna kaliyan 35: 22: “Sayekti Allah iku agawé krunguné sapa sing dikarsakaké, lan ora bisa sira agawé krunguné sapa-sapa sing ana ing kubur.” Dados tegesipun: nadyan tiyang ingkang katingalipun sampun boten kénging dipun dandosi malih, inggih badhé dipun damel purun nampèni yakti déning Gusti Allah.

1677. Tembung punika wantahipun ateges: nglempit, ngikal, utawi nginger

lambungipun (‘Ithf tegesipun péranganing badanipun tiyang wiwit sirah dumugi cethik ingkang kaprenah ing iring). Nanging tetembungan makaten wau dipun anggé wonten ing kalam ngibarat kalayan mengku teges: atindak gumedhé (LL) utawi mlèngos (Rgh), I’Ab negesi tembung wau: gumendhung, Ibnu Juraij negesi: nyimpang saking yakti (AH).

Page 152: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Haji Juz XVII 906

11 Lan sawenèhing wong ana kang anggoné angabdi ing Allah kalawan minggrang-minggring,1678

dadi, manawa becik tumiba ing awaké, iku dadi maremé, lan manawa dhèwèké kataman coba, ambalikaké rainé; dhèwèké kapi-tunan donya lan akhirat; mangkono iku kapitunan kang tétéla.

12 Dhèwèké anguwuh saliyané Allah barang kang ora bisa mitunani marang awaké lan ora bisa makolèhi; mangkono iku sasar kang adoh.

13 Dhèwèké anguwuh marang kang luwih cepak anggoné mitu-nani tinimbang anggoné makolèhi; temen ala pangayoman iki lan temen ala kanca iki.

14 Sayekti Allah bakal angle-bokaké patamanan para kang padha angèstu sarta anglakoni panggawé becik, kang ing jeroné kali-kaliné padha mili; sayekti Allah iku anindakaké apa kang dadi karsa-Né.

15 Sapa sing nyana yèn Allah ora bakal mitulungi dhèwèké ing dalem donya lan akhirat; lah kajaba munggaha menyang langit

1678. Tembung (ingkang tegesipun wantah ing pepèrèng) punika dipun tegesi ngantos warni-warni, nanging buntasing panyuraos sadaya wau sami kémawon suraosipun. LL nyebutaken teges-teges wau sawatawis kathah. Sawenèh tegesipun: ngadeg saking katebihan ing atasipun bab prakawis agami, tur kalayan gojag-gajeg, ngantos kados déné tiyang ingkang wonten ing tembinging pabarisanipun wadyabala, manawi sakinten badhé angsal kamenangan lan angsal jarahan, sami teteg lan tatag, nanging manawi sakinten boten kados makaten, lajeng leres tilar glanggang acolong playu (Kf, Bd). Utawi ateges: anggènipun ngabdi ing Allah kalayan semang-semang utawi minggrang-minggring, margi boten teteg kados déné lekasipun tiyang ingkang ngadeg wonten ing pepèrènging redi (Q, Zj). Utawi ateges: anggènipun ngabdi ing Allah namung ing dalem kawontenan sawarni, inggih punika samangsa pinuju kaombèran (S, Q). Teges punika sadaya anedahaken lekasipun tiyang ingkang miyar-miyur, inggih punika tansah sawega nilar agaminipun samangsa wonten sababipun, inggih sabab punapa kémawon.

Ar. (adegé ) ana ing pèpèrèng

Ar. ngisoré

Page 153: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 22 Kayakinan ing pitulungipun Allah 907

kalawan sadhéngah sarana, tumuli konen medhot, banjur konen ande-leng, apa upayané panglawané bakal ambirat apa kang anda-dèkaké muring-muringé.1679

16 Lan kaya mangkono iku anggon-Ingsun anurunaké iku, minangka bukti-bukti kang pratéla, lan déné Allah iku anuntun sapa kang dadi karsa-Né.

17 Sayekti para kang padha angèstu, lan para kang padha Yahudi sarta Sabiina tuwin para Nasrani sarta Majusi, apa déné para kang nyakuthokaké (sadéngah kalawan Allah) – sayekti, ing dina kiyamat Allah bakal amancasi antarané dhèwèké; sayekti Allah iku marang samubarang anek-sèni.1680

1679. Dhawuh punika nyeling-serepaken manawi klèntu anggènipun nyuraos dlamir-ipun hu ing tembung yanshurahu, ingkang leresipun wangsul dhateng Kanjeng Nabi Suci. Pakèwed ingkang angka kalih, inggih punika muf’ul(lésan-)ipun tembung yaqtha’ (medhot), ingkang leresipun kedah kasuraos ‘pitulungipun Pangéran” ingkang tansah kadhawuhaken dhateng para mengsah mesthi badhé kaparingaken dhateng Kanjeng Nabi Suci, sanajan ta para mengsah wau sami angetog kadibyan anggènipun badhé milawani pitulunging Pangéran wau. Bab prakawis punika katerangaken kalayan cetha wéla-wéla déning wekasaning dhawuh ing ayat punika. Piweca-piweca badhé kamenanganipun yakti ingkang wekasan, tuwin badhé rawuhipun pitulunging Pangéran dhateng Kanjeng Nabi, punika sampun kaundhangaken rambah-rambah wonten ing Quran Suci, sarta para kafir sami muring jalaran saking punika. Para titiyang wau sami kadhawuhan, bilih pitulunging Pangéran punika mesthi badhé rawuh, sarta piyambakipun mesthi badhé sami angetog rékadayanipun anggènipun badhé milawani punika, ngantos upami sageda piyambakipun mesthi badhé sumengka ing ngawiat sarta lajeng medhoti pitulung saking langit utawi pitulunging Pangéran wau, sampun ngantos dumugi ing Kanjeng Nabi. Utawi saged ugi tegesipun punika kados déné ingkang kapratélakaken wonten ing margin. Inggih punika, bilih para mengsah wau badhé ngumbar kanepson utawi muring-muringipun ngantos ing sakatog-katogipun sarta ngantos supé purwaduksina tan kénging pinekak malih, suprandéné tangèh lamun piyambakipun yèn sageda ngandheg-andhegi rawuhing pitulungipun Pangéran. Dados tegesipun panyuraos wau sadaya, bilih pitulunging Pangéran ingkang kajanjèkaken dhateng Kanjeng Nabi, punika boten kénging boten mesthi badhé rawuh saèstu, sanajan dipun pilawanana di kados punapa, utawi sanajan badhé sapinten genging cuwanipun para mengsah.

1680. Punika mengku suraos, bilih béda-bédaning pangandelipun agami, punika boten murugaken kapidana wonten ing gesang samangké punika, wangsul badhé dipun pancasi bénjing wonten ing dinten pancasan. Déné ingkang murugaké ngangsalaken pidana wonten ing gesang samangké punika, punika tindakipun adamel risak para ingkang sami milawani sumiyaripun yakti.

Ut. angukur dhadhung langitan Ut. mati anggantung

a. 103

Page 154: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Haji Juz XVII 908

18 Apa sira ora weruh, yèn Allah iku, (kabèh) padha sumungkem ing Panjenengané: Sapa-sapa kang ana ing langit lan sapa-sapa kang ana ing bumi, apa déné srengéngé lan rembulan lan lintang-lintang tuwin gunung-gunung sarta wit-witan lan sato kéwan sarta wong-wong akèh; sarta akèh kang siksa iku perlu ingatasé dhèwèké; lan sapa kang diasorakee déning Allah, lah ora ana wong kang bisa agawé mulya marang dhéwèké; sayekti Allah iku anindakaké apa sakarsa-Né.b1681

19 Iki rong golongan1682 kang padha babantahan ing dalem prakara Pangérané; Mulané para kang padha ngafiri padha olèh sandhangan kang bakalé geni; banyu umob digrujukaké ing sirah-sirahé.

20 Iki dianggo anglebur apa kang ana ing jeroning wetengé apa déné kulit(-é).

21 Sarta padha olèh gitik wesi.1683

22 Saben kapéngin arep padha metu saka ing kono, saka susah,1684

dibalèkaké menyang jeroné manèh, sarta padha angrasakaké siksa kang anggesengaké.

1681. Ayat punika mengku piweca ingkang terang gamblang, bilih ing wasananipun para mengsah mesthi badhé pasrah bongkokan wonten ing ngarsanipun Kanjeng Nabi.

1682. Golongan kakalih ingkang sami babantahan, punika para angèstu lan para kafir. Kedah dipun pèngeti bilih memengsahanipun golongan kakalih, ingkang pasulayanipun ing sakawit namung wonten ing dalem prakawis Pangéranipun, ing sapunikanipun santun salaga dados prakawis ageng, sarta badhé nasibipun golongan kakalih wau, bénjing manawi peperangan, sampun kawecakaken kalayan cetha. Tumrap para kafir kasebutaken wonten ing ayat 19-22, déné tumrap para mukminin kasebutaken wonten ing ayat 23-25.

1683. Gitik wesi tegesipun kawon. TA nerangaken: jawinipun: qama’ (inggih punika witing tembung ingkang lajeng karimbag dados maqma’, jawinipun gitik) punika ateges ngawonaken lan nelukaken.

1684. (saka susah), punika dados badal-ipun tembung minha; dados mengku suraos

b. 978

Ar. dibe-dhahi Ut. dipoto-ngi saka

Page 155: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 22 Para mukmin badhé unggul 909

RUKU’ 3

Para mukmin badhé unggul

23, 24. Para angèstu badhé dipun ganjar kamenangan. 25. Masjid suci badhé dados gadhahanipun.

23 Sayekti Allah bakal ang-lebokaké para kang padha angèstu sarta anglakoni panggawé becik marang patamanan, kang ing jeroné kali-kaliné padha mili; ana ing kono bakal padha dipapaèsi gelang emas lan mutiara, lan sandhangané ana ing kono sarwa sutra.1685

24 Sarta padha dituntun marang pangucap kang angresepaké tuwin padha dituntun marang dadalané Ingkang-Pinuji.

25 Sayekti, para kang padha kafir sarta angéngokaké (manusa) saka dadalaning Allah lan Masjid Suci, kang wus Ingsun gawé tumrap sakèhing manusa, (tumrap) wongé ing kono lan tumrap kang neneka,1686 sapa sing nedya malèn-cèng kalawan atindak dudu ana ing kono, iku bakal Ingsun kon ngrasakaké siksa kang nglarani.

anggenahaken kawontenanipun siksa ing ayat ngriki lan ayat ingkang sampun. Kasusahan tansah badhé sami angrembaka sarta ambesmi jiwanipun ngantos kados anglebur piyambakipun.

1685. Ing ngriki punika mengku sasmita bilih karajan-karajan ageng ing sacelakipun badhé dipun telukaken déning para Muslimin, sarta bandhanipun karajan-karajan wau badhé dipun dadosaken darbèkipun titiyang Arab. Lalampahan ing ngandhap punika, ingkang dipun sebutaken déning Baihaqi, kénging kanggé titikan ingkang anedahaken, bilih para sahabatipun Kanjeng Nabi nyuraos piweca-piweca punika kados ing nginggil wau: Agemipun binggel Sang Kisra, nata ing Persi, kabekta dhateng ngarsanipun Bagénda ‘Umar; panjenenganipun lajeng nganggèkaken binggel-binggel wau dhateng Suraqah bin Malik; panjenenganipun lajeng mangalembana dhateng Pangéran Ingkang-Mahaluhur. Déné sababipun mila Suraqah dipun enggèni binggel-binggel wau déning Bagéndha ‘Umar, punika ugi katerangaken déning Imam Baihaqi wau, wonten ing hadits sanès. Miturut hadits wau, Kanjeng Nabi naté ngandika dhateng Suraqah makaten: “Kapriyé pangrasamu manawa kowé nganggo gelangé sang Kisra?’ (“Khashâisu-l-Kubra,” jilid II, kaca 113, kaecap ing Hyderabad, Deccan).

1686. Utawi ‘âkif punika saged mengku teges ingkang dudunung ing Makkah, déné bâd, ingkang sami dudunung wonten ing saganten wedi. Utawi tembung kakalih wau, ingkang satunggal saged mengku teges tiyang ingkang ajeg-ajegan manggèn wonten ing ngriku, satunggalipun ateges tiyang

Ar. ngisoré

Page 156: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Haji Juz XVII 910

RUKU’ 4

Padaleman Suci

26. Nabi Ibrahim angresiki Padaleman Suci. 27. Hajji kaundhangaken. 28-33. Pangaji-aji dhateng Padaleman Suci sarta Kasawijènipun Allah.

26 Lan nalikané Ingsun nuding papaning Padaleman Suci marang Ibrahim, kalawan angandika:a Aja anyakuthokaké apa-apa kalawan Ingsun, sarta sira anucènana Pada-leman-Ingsun tumrap para kang padha angideri lan para kang angadeg salat tuwin tumunduk lan sumungkem.

27 Lan angundangna haji ma-rang para manusa;1687 bakal padha tumeka marang sira kalawan luma-ku dharat sarta kalawan nunggang sadhéngah unta kuru kang padha tumeka saka sadhéngah dadalan kang adoh,1688

ingkang namung kala-kala anggènipun dhateng wonten ing ngriku. Para titiyang kafir, ingkang nalika ing wekdal punika nguwaosi Masjid Suci, sami ngawisi titiyang Muslimin nganggé Masjid Suci wau. Lah para titiyang wau sami kadhawuhan, bilih kawontenan ingkang kados makaten punika mesthi boten lastantun ing salaminipun, awit Masjid Suci wau kedah dipun bikak tumrap sadaya tiyang ingkang sami jiyarah mrika sarta ingkang makaten punika namung saged kalampahan manawi para Muslimin ingkang nguwaosi Masjid Suci wau.

1687. Dhawuh punika katujokaken dhateng Kanjeng Nabi Suci, sarta mengku piweca agung, ingkang mecakaken bilih nagari Makkah badhé dados punjer nglempakipun para titiyang ingkang sami ngibadah haji. Kaagunganipun piweca punika saya katingal adiluhung malih, manawi dipun èngeti bilih anggènipun kaundhangaken piweca wau duk ing kalanipun Kanjeng Nabi Suci kakéndhangaken saking Makkah déning para mengsah-mengsahipun, ingkang lajeng sami miyambaki nguwaosi nagari ngriku. Nalika jamanipun piweca punika, Kanjeng Nabi tuwin para pandhèrèkipun kaawisan boten kénging lumebet ing Masjid Suci, kados déné ingkang kasebutaken kalayan terang wonten ing ayat 25. Lah inggih ing salebetipun dumunung wonten ing kawontenan, nalika nagari Makkah sajak tangèh lamun dados punjeripun kaum Muslimin wau, sarta nalika kaum Muslimin piyambak kaancam ing babaya badhé katumpes ludhes wau, anggènipun kaundhangaken piweca ingkang adiluhung wau, tur kalayan tetembungan ingkang kinawasa, bilih Islam mesthi badhé mradini sadaya bangsa sarta nagari Makkah mesthi badhé dados pusering jagad, ingkang lastantun tansah dados luruganipun para ingkang sami jiyarah saking antawisipun sadaya bangsa. Tandhayakti saprakawis punika saèstu sampun cekap kanggé ambuktèkaken, bilih Kanjeng Nabi Suci punika pranyata kautus ing Pangéran, awit dèrèng naté wonten kawaskithaning manusa ingkang saged ngucapaken piweca ingkang adiluhung makaten wau nalikanipun dumunung wonten ing kawontenan ingkang apes kados makaten punika.

1688. Dlâmir, utawi unta ingkang kera, kasebutaken mligi wonten ing ngriki, punika kanggé anedahaken tebihing pinangkanipun para ingkang jiyarah haji mriku.

a. 1356

Page 157: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 22 Padaleman Suci 911

28 Supaya padha aneksènana pakolèhé tumrap marang dhèwèké sarta padha anebuta asmaning Allah ing dalem sawatara dina kang wus tinamtu atas barang pa-paringé Panjenengané ing dhèwèké kang arupa kéwan rajakaya; lah iku padha sira pangana lan padha sira ingokna wong kang sangsara, kasrakat.1689

29 Tumuli perlu padha anin-dakna cukur sarta reresik tuwin padha anetepana nadaré apa déné padha ngiderana Padaleman kang Kuna.1690

30 Kaya mangkono iku (kudu-né): lan sapa sing angèstokaké angger-anggering Allah, lah iku luwih becik tumrap dhèwèké ing ngarsaning Pangérané; lan raja-kaya iku diparengaké tumrapé sira, kajaba apa sing wis diwacakaké ingatasé sira; mulané padha ange-dohana leletheking brahala sarta pada angedohana pangucap goroh.

1689. Babagan bab kurban, punika prakawis ingkang rapet sanget sasambetanipun kaliyan ngibadah haji, awit sok tiyanga ingkang ngibadah haji mesthi kedah kurban mragat kèwan. Pandamel lahir, kurban mragat kèwan ing wekdal kados makaten wau, punika anedahaken punapa sababipun déné ngibadah haji kadadosaken salah satunggaling tatales dhadhasaripun agami Islam. Menggah ing sajatos-jatosipun, maksud ingkang kawengku wonten ing dalem tatanan warni kalih (haji lan kurban mragat kèwan) wau, wigatos mucal piwulang pangurbanan. Déné bab prakawis kurban mragat kèwan, punika karembag kalayan jalèntrèh wonten ing ruku’ sambetipun. Ing ngriki namung perlu kapèngetan sakedhik, bilih ngibadah haji punika angedahaken sawarnining kasenenganipun raga dipun kurbanaken karana netepi undhang-undhangipun Allah. Lah inggih punika piwulang ingkang maujud ing tindak ingkang kawulangaken ing salebetipun haji, ingkang manawi tanpa punika, agami sayekti boten badhé saged gesang lan boten badhé saged mintonaken gesangipun. Hikmah utawi pigunanipun haji sanès-sanèsipun, kasebutaken ing ayat-ayat candhakipun. Prayogi katerangaken pisan, bilih pandamelipun para ingkang sami ngibadah haji wau, ugi ngumandhang wonten ing saindhenging jagad Islam, jalaran sadhéngah tiyang Muslimin ingkang kacekapan, inggih sami kurban mragat kèwan ing wekdal wau ugi, ingkang misuwuripun winastan dinten ‘Idu-l-adlhâ.

1690. Ka’bah sinebat Padaleman kang Kuna, ing ngriki lan ing ayat 33, punika anedahaken bilih Padaleman wau sampun kina sanget wontenipun, ngantos ing saindhenging tanah Arab, Ka’bah wau misuwuripun sinebut Padaleman Kina, inggih punika kanggé nedahaken bilih wontenipun sampun wiwit jaman kinaning makina. Salajengipun kula aturi mirsani 170.

Ut. kinawe-ruhan

Page 158: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Haji Juz XVII 912

31 Tulus karana Allah, ora anya-kuthokaké sadhéngah kalawan Pan-jenengané; lan sapa sing anyaku-thokaké sadhéngah kalawan Allah, lah prasasat dhèwèké iku tiba saka ing dhuwur; tumuli disamber ing manuk utawa kabuncang ing angin tumeka panggonan kang adoh.

32 Kaya mangkono iku (kudu-né): lan sapa sing angèstokaképratandha-pratandhaning Allah, lah sayekti, iku amarga saka baktining ati.

33 Ing kono iku ana piguna tumrap marang sira tumekané mangsa kang tinamtu; tumuli panggonané anggoné kurban ana ing Padaleman kang Kuna.

RUKU’ 5

Kurban

34-37. Suraosing dhadhasaripun kurban. 38. Kurban jiwa punika perlu.

34 Lan tumrap siji-sijining umat Ingsun wus andadèkaké lakuning pangabekti, supaya padha anebuta asmaning Allah akarana barang paparingé Panjenengané marang dhèwèké kang arupa kéwan raja-kaya; lan Sesembahanira iku Sesembahan Kang Sawiji; mulané padha sumaraha marang Panjene-ngané sarta awèha warta bubungah marang para kang padha sumung-kem.1691

1691. Piwulang bab kurban, punika dipun anggé déning sadaya umat ing jagad, nadyan boten sami wujudipun. Boten prabéda lan tatalesing agami Islam sanès-sanèsipun ingkang dipun akeni ing sajagad, baku-bakuning kurban, punika wonten ing dalem Islam mengku teges ingkang langkung lebet malih. Pandamel lahir tetep dipun wonteni, kados duk ing kina; nanging punika sampun boten mengku teges kados piwulangipun sawenèh agami ing kina, kadosta karana kanggé nglilihaken Pangéranipun ingkang bendu, utawi karana minangka kanggé nebus dosa. Wangsul ing dalem Islam, kurban punika mengku teges pangurbananipun ingkang kurban piyambak; dados kurban makaten minangka pasemon, bilih

Ut. ange-gungaké

Page 159: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 22 Kurban 913

35 (Marang) para kang padha geter atiné samangsa asmaning Allah sinebut, sarta para kang padha sabar marang barang kang angenani awaké, tuwin para kang padha anjumenengaké salat apa déné padha amèwèhaké barang pa-paring-Ingsun marang dhèwèké.1692

36 Lan manèhé unta, iku, tumrap marang sira, Ingsun dadèkaké sawenèhing tandha-tandhaning agamané Allah;1693 tumrap marang sira ing kono iku akèh beciké; mulané padha nebuta asmaning Allah tumrap (unta) iku nalikané ajèjèr-jèjèr; lan samangsané wis padha rubuh, lah iku padha sira pangana lan padha sira ingokna marang wong kacingkrangan kang

piyambakipun tansah sawéga ngetohaken jiwanipun, manawi mila perlu, lan tansah sawéga angurbanaken sadaya samukawisipun ingkang dipun tresnani, makaten ugi pépénginanipun, karana kanggé nglabubi yakti. Lah inggih awit saking punika, mila dhawuh pangandika ingkang kanggé ambukani rembag bab kurban wau, lajeng kémawon katungka ing dhawuh, supados sami nyumarahaken badanipun dhateng Allah, tur ingkang kalayan ambabar pisani, awit Allah punika Pangéran Ingkang-Mahatunggal, inggih punika: Dhat ingkang ngemungaken Panjenenganipun pribadi, ingkang pantes dados enering katresnan jati lan dados tujuaning gesangipun tiyang ingkang sajatos. Ing salajengipun kula aturi mirsani katerangan ingkang badhé kawarsitakaken.

1692. Anggènipun mragat kéwan ingkang kanggé kurban, kedah asarana nebut asmanipun Allah. Ing ngriki para Muslimin dipun dhawuhi, bilih anggènipun nebut wau boten kok namung sa-nebut walaka, wangsul maksud ingkang sumimpen wonten ing ngriku, inggih punika: manahipun piyambak kedah geter, samangsa asma wau kasebut. Makaten ugi piyambakipun kedah tansah angèngeti: kèwan ingkang wonten ing panguwaosipun dipun kurbanaken, lah punapa malih awakipun piyambak, punika ugi perlu sanget angurbanaken nyawanipun wonten ing marginipun Allah, jalaran Gusti Allah makaten boten namung Gustinipun kémawon, nanging malah langkung saking punika, inggih punika Ingkang-Nitahaken piyambakipun lan ingkang Ngitik-itik piyambakipun, dados tikel matikel langkung sampurna anggènipun nguwaosi piyambakipun, katimbang anggèning piyambakipun nguwaosi kèwan-kèwan ingkang dipun kurbanaken wau. Awit saking punika mila ayat ingkang mangandikakaken kurban, punika lajeng kémawon katungka ing dhawuh, ingkang andhawuhaken, supados ing salebetipun nandhang cobi rekaos para angèstu tansah amintonaken kasabaranipun ingkang agung. Dados karsanipun agami Islam, kurban mragat kèwan, punika perlu mucal dhateng pandhèrèkipun, angurbanaken gesangipun piyambak kanggé nglabuhi yakti.

1693. Maksud ingkang kawengku wonten ing ngriki, sami kémawon kaliyan ingkang kawengku wonten ing ayat ingkang sampun. Ing ngriki kasebutaken, bilih unta ingkang kabekta dhateng Makkah déning para ingkang sami ngibadah haji perlu kanggé kurban punika namung tandha-tandhaning agaminipun Allah ingkang sajati, tur namung tandha-tandha lahir, inggih punika pratandha bilih agami wau agami sumarah ingkang kalayan ambabar pisani tuwin agami pangurbanan, pangurbananipun tiyang, angurbanaken sadaya barang gadhahanipun, dalasan nyawanipun pisan, wonten ing marginipun Allah.

Page 160: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Haji Juz XVII 914

narima tuwin wong priman;1694

kaya mangkono anggon-Ingsun ambangun-turutaké (unta) iku marang sira, supaya sira padha atur panuwun.

37 Ora tumeka ing Allah dagingé lan getihé, ananging kang tumeka Panjenengané iku bakti kang saka ing sira;1695 kaya mangkono anggoné Panjenengané ambangun-turutaké (unta) iku ma-rang sira, amurih sira padha angegungaké Allah, déning ang-goné Panjenengané wus anuntun sira ing dadalan bener; lan amar-tanana bungah para kang padha agawé becik (ing liyan).

38 Sayekti Allah iku ambéngkas (pialaning para kafir) saka para kang padha angèstu; sayekti Allah iku ora remen marang wong cidra, wong ora weruh ing panarima.1696

1694. Daging kéwan ingkang dipun kurbanaken, boten kénging dipun bebècèr ingkang kalayan atanpa guna, nanging kedah dipun anggé nyukani tedha dhateng tiyang fakir miskin. Dados, menggahing kabatosanipun, tiyang Islam punika angurbanaken nyawanipun kanggé ambélani yakti, déné menggah ing kalahiranipun, dipun èngetana, bilih tiyang Islam punika kedah nengenaken lalados ing kamanusan. Mendhem daginging kèwan pinten-pinten ingkang sami dipun kurbanaken wonten ing Makkah, ing wekdal haji, punika boten awawaton dhawuh Quran Suci utawi hadits Nabi. Daging wau saged dipun tanjakaken ingkang kalayan migunani.

1695. Ayat punika maringi karampungan kalayan gumathok, bilih kurban punika sanès pandamelipun lahir, nanging maksud ingkang lebet, ingkang sumimpen wonten ing kurban ngriku ingkang katarimah. Para ingkang sami gadhah panganggép, bilih agami Islam punika agami ingkang namung kebak upacara-upacara, mèngetana dhawuh ingkang terang gamblang punika. Kedah dipun èngeti ugi, bilih pangertosan nebus dosa, punika boten wonten babar pisan wonten ing dalem kurban cara Islam. Ingkang kadhawuhan kurban déning agami Islam punika para titiyang tulus. Bab punika kasasmitakaken wonten ing dhawuh ingkang mungel: kang tumeka Panjenengané iku bekti kang saka ing sira.

1696. Ingkang badhé dipun béngkas saking para angèstu punika piawonipun para kafir (Rz). Ayat punika mungkasi ruku’ punika, sarta miwiti bab sanès malih, inggih punika bab perang wonten ing marginipun Allah, ingkang karembag kalayan jalèntrèh wonten ing ruku’ sambetipun. Ingkang makaten punika saged suka papadhang bab prakawis sasambetanipun rembag warni kalih, langkung-langkung malih saged nuladhani, ayat-ayat ingkang sajakipun boten sasambetan babar pisan, punika jebul sambet rapet satunggal lan satunggalipun, awit kadhang-kadhang sasambetanipun wau lebet sanget, ngantos boten saged kacetha manawi namung dipun suraos cethèk-cethèkan kémawon. Tumrap ing ngriki, sasambetanipun wau makaten manawi tegesipun ingkang sajati kurban punika sampun kawarsitakaken,

Ar. getihé (iya) ora Ut. tinari-ma

Page 161: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 22 Para mukmin dipun idini perang 915

RUKU’ 6

Para mukmin dipun idini perang

39. Perang anjagi diri punika dipun idini. 40, 41. Sedyaning perang anetepaken mardikaning agami. 42-46. Para bangsa-bangsa ing kina ingkang sami kalebur. 47, 48. Dhawahing siksa boten dipun gégé.

39 Idin (perang) diparingaké marang para kang padha diperangi, amarga padha dianiaya. lan sayekti Allah iku, prakara mitulungi dhè-wèké, temen kawasa;1697

40 Para kang padha ditundhung saka ing omahé kalawan ora bener, kajaba déning padha angucap: Pangéranku iku Allah. Lan lamun ora anaa pambéngkasing Allah marang manusa kang sawenèh déning sawenèhé, amasthi bakal lebur wihara-wihara lan gréja-gréja tuwin pasembahyangan-pasembah-yangan Yahudi apa déné masjid-masjid, kang ing kono iku asma-

tiyang Islam mesthi kedah lajeng samapta nglahiraken dumugi ing tindak piwulangipun kurban wau. Awit saking punika mila lajeng dipun dhawuhi, bilih sampun mèh dumugi wahyaning masakalanipun piyambakipun badhé dipun kedahaken ngurbanaken nyawanipun kanggé ambélani yakti, ingkang tansah dipun angkah déning para mengsah murih sirnanipun. Dados, rembag bab prakawis perang karana nglabuhi yakti, punika sambetipun ingkang matis rembag bab prakawis kurban, minangka mewahi papadhang bab tegesipun kurban ingkang lebet saha minangka kanggé angedahaken, piwulang bab kurban punika katindakna dumugi ing tandang.

1697. Miturut hadits ingkang kénging pinitados, dhawuh punika palilah perang ingkang rumiyin piyambak kaparingaken dhateng para Muslimin. Boten wonten satunggal punapa ingkang nedahaken, bilih ayat punika boten katurunaken wonten ing Makkah. Kosokwangsulipun, ayat punika cetha wahyu ingkang tumurun ing Makkah, boten prabéda lan ayat sanès-sanèsipun ing surat punika. Sarta inggih margi saking wontenipun dhawuh punika, déné nalika bai’at (prasetya) ing ‘Aqabah ingkang misuwur punika, Kanjeng Nabi Suci mundhut prasetyanipun utusan Madinah, kedah sami ambélani panjenenganipun lumawan para mengsah-mengsahipun, ingkang ngantos kados déné anggènipun sami ambélani anak-anakipun piyambak. Ungeling dhawuh ingkang ngidini perang wau anedahaken kalayan cetha, bilih peperangan punika ingkang miwiti fihak mengsah, inggih punika miwiti merangi para Muslimin; kaping kalihipun, anedahaken bilih para Muslimin sampun nandhang panganiaya ingkang sanget wonten ing tanganing para mengsahipun ingkang ambek siya. Makaten ugi dhawuh punika inggih anedahaken, bilih nalika idin perang wau kaparingaken, kawontenanipun para Muslimin sakalangkung déning ringkih, tandhanipun dipun paringi panglipur déning dhawuh punika, bilih Allah kawasa mitulungi piyambakipun. Dhawuhing ayat sambetipun ingkang mungel para kang padha ditundhung saka ing omahé, punika saged mengku teges hijrah dhateng Habasyah, utawi saged mengku teges bidhalan dhateng nagari Madinah ingkang kalayan sarenti sampun wiwit tumindhak boten let dangu kaliyan wontenipun bai’at ing ‘Aqabah.

Page 162: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Haji Juz XVII 916

ning Allah tansah sinebut-sebut; lan sayekti, Allah bakal mitulungi sapa-sapa kang mitulungi Panjene-ngané; sayekti Allah iku Prakosa, Kinawasa:1698

41 Para kang, manawa padha Ingsun anggonaké ana ing bumi, padha anjumenengaké salat lan awèh zakat sarta aparéntah marang kabecikan tuwin anyegah ing piala; lan kagunganing Allah wekasané sakèhing prakara.

42 Lan manawa dhèwèké padha angemohi sira, lah temen, ing sadurungé dhèwèké iku, kaumé Nuh lan ‘Ad sarta Tsamud (iya) angemohi (para nabi).

43 Mangkono manèh kaumé Ibrahim lan kaumé Luth.

44 Sarta wong-wonging Madyan; lan manèh Musa (iya) diemohi, ananging Ingsun aparing sumené marang para wong kafir; tumuli padha Ingsun patrapi; lah kaya apa (bangeté) anggon-Ingsun ora rena!

1698. Para ingkang sok amastani bilih agami Islam punika agami “fanaticism” aliyas ta’ashshub muta-tuli, prayogi dipun èngetaken wonten ing ngriki, bilih kamardikan nglampahi agami, ingkang kajumenengaken déning Islam sèwu tigang atus taun kapengker, punika wonten ing antawisipun bangsa-bangsa ingkang sakalangkung majeng saha momot, dèrèng naté wonten ingkang ngungkuli. Malah kapara kathah kémawon bangsa-bangsa Nasrani ingkang sampun majeng, kalajeng-lajeng boten anyepengi tatales ingkang adiluhung punika. Pantes dipun pèngeti, bilih gesangipun tiyang Muslimin punika kedahipun boten namung dipun kurbanaken kanggé ngèndeli panganiaya ingkang kadhawahaken dhateng piyambakipun déning mengsah-mengsahipun tuwin kanggé rumeksa masjid-masjidipun piyambak kémawon, nanging ugi dipun kurbanaken kanggé rumeksa gréja-gréja, pasembayangan-pasembayangan Yahudi, tuwin wihara-wihara – cekak aosipun kanggé anjumenengaken kamardikan nglampahi agami ingkang sampurna. Masjid-masjid, punika sanajan papan ingkang tansah kanggé anebut asmanipun Allah langkung kathah katimbang papan pasembayangan sanès-sanèsipun, suprandéné bubuhanipun kareksa dhumawah sasampunipun gréja-gréja tuwin pasembayangan-pasembayangan Yahudi. Lah samanten sikepipun ingkang momot agami Islam dhateng agami-agami sanès. Cobi, punapa wonten pandhirining agami sanèsipun malih ingkang mulangaken piwulang ingkang adiluhung makaten wau? Utawi punapa ing kitab sucinipun agami sanès-sanèsipun wonten piwulangipun satunggal kémawon, ingkang maréntahaken pandhèrèkipun ngurbanaken nyawanipun kanggé rurneksa papan pasembayanganipun agami sanès? Kalayan temen-temen para Muslimin manut miturut dhateng piwulang punika, sarta saben sénapatining

Ar. asta

Page 163: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 22 Panglawan dhateng Kanjeng Nabi 917

45 Lah wis pira baé kèhé kutha kang wus Ingsun lebur déning anggoné padha atindak dudu, iku banjur padha rubuh payoné, lan (wis pira baé kèhé) sumber, kang ditinggal ngalenthar, apa déné gedhung kang dhuwur.

46 Lah apa ta dhèwèké padha ora lelana ing bumi, dadi banjur padha duwé ati dianggo manger-tèni, utawa kuping dianggo ngru-rungu? Amarga sajatiné ora wuta si mripat, ananging sing wuta si ati sing ana ing sajroning dhadha.1699

47 Lan dhèwèké padha anjaluk marang sira anggégé siksa, lan ora bakal Allah iku anulayani janji-Né, lan sayekti, sadina mungguhing Allah iku kaya sèwu taun miturut pangétungmu.1699A

48 Lan wus pira baé kèhé kutha kang wus Ingsun paringi sumené, kang mangka padha atindak dudu; tumuli padha Ingsun patrapi, lan marang Ingsun bali iku.

RUKU’ 7

Panglawan dhateng Kanjeng Nabi Suci

49-54. Panglawan badhé sirna. 55-57. Dinten putusan.

49 Calathua: É, para manusa! aku iki mung juru-pépéling kang terang tumrap marang sira.

wadyabala mesthi sami maréntahaken ngaosi sawarnining griya pasembayangan, malah kalebet ugi wihara-wiharanipun para pandhita, dalah ingkang sami ngenggèni.

1699. Pratélan ingkang kadhawuhaken ing ngriki punika saged suka pasaksèn ingkang ambabar pisani, bilih sasakit-sasakit ingkang sok kapangandikakaken ing Quran Suci, punika sanès sasakiting badan wadhag, nanging sasakit-sasakit ruhani. Kathah bab ingkang peteng-peteng saged dipun wudhari kalayan gampil, manawi bab prakawis punika dipun èngeti.

1699A. Sajakipun ingkang dipun pangandikakaken Quran ing ngriki punika pidananipun para mengsahing yakti ingkang badhé dhateng ing tembé-wingking. Titiyang ingkang kapangandikakaken ing ngriki punika titiyang ingkang sampun kaumbar milawani kamajenganipun Islam ngantos sèwu taun.

Ar. asta

Page 164: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Haji Juz XVII 918

50 Wondéné para kang padha angèstu sarta anglakoni panggawé becik, iku bakal padha olèh panga-pura sarta rijeki kang minulya.

51 Lan para kang padha ambudi-daya angalang-alangi timbalan-timbalan-Ingsun, iku bakal padha dadi wong-wonging geni mu-rub.1700

52 Lan ora pisan Ingsun angutus sawijining utusan utawa nabi, ing sadurungira, kajaba, samangsa dhèwèké duwé pangèsti, masthi sétan niyupaken godha panggodha marang pangèstiné, ananging Allah anyirnakaké apa kang di-tiyupaké déning sétan iku; tumuli Allah anetepaké timbalan-timbalan-É, lan Allah iku Udani, Wicaksa-na.1701

1700. Ukara ingkang kula jarwani ambudi-daya angalang-alangi timbalan-timbalan-Ingsun, /

punika ingkang mungel makaten Pérangan ingkang wiwitan ukara punika sami kaliyan tetembungan ingkang manawi miturut LL ateges: akuambudi-daya ing dalem prakarané sawijining wong karana arep ambeneraké utawa ambubrah iku.Pérangan ingkang angka kalih ukara wau: mu’âdizîn, tegesipun merangi lan rnilawani (para nabi lan pandhèrèk-pandhèrèkipun) murih boten saged (nindakaken dhawuhipun Allah). Waton-watonipun kula aturi mirsani LL.

1701. Dodongèngan ingkang sok dipun anggé nerangaken maksudipun ayat punika, dora sarta babar pisan boten wonten watonipun. Dodongèngan ingkang nyariyosaken bilih Kanjeng Nabi mumuji brahala-brahala sarta tumut angakeni pangawaos saha wewenangipun brahala wau dados juru pantawis, punika lugu cariyos ngayawara damel-damelan blaka. Bab prakawis punika katerangaken wonten ing 2382. Ing ngriki cekap kula wewahi katerangan sakedhik, bilih sadaya para mufassir ingkang jadhug-jadhug, mesthi sami nulak dodongèngan wau. Kadosta Rz nerangaken makaten: Déné para titiyang ingkang neja tliti lan leres sami nerangaken bilih dodongèngan punika dora (boten nyata) tuwin lugu namung damel-damelan. Bd ugi nerangaken ingkang makaten wau suraosipun.

Tembungipun dhawuh Quran punika, boten mengku teges, lan boten saged dipun tegesi, bilih samangsa satunggaling nabi maosaken wahyu ingkang katampi, sétan lajeng nglebetaken ungelipun piyambak dhateng pamaosipun nabi wau. Kajawi sampun terang doranipun dodongèngan wau, kula sami saged nyatakaken bilih Quran piyambak boten angakeni wontenipun panggodha ingkang kados makaten wau. Minangka tuladha ing 72: 26-28, ingkang tumurunipun sadèrènging tumurunipun surat punika, wonten pratélan ingkang terang gamblang, bilih wasitanipun Pangéran punika tumurunipun kalayan suci-murni: “Panjenengané ora amedharake wadi-Né marang sapa baé, kajaba marang wong kang pinilih kadadèkaké utusan; awit satemené Panjenengané anglakokaké juru-anjaga ana ing sangarepé lan ana ing saburiné dhèwèké, murih Panjenengané uningaa yèn dhèwèké pranyata wis padha anekakaké wasitané Pangérané.” Langkung-langkung malih, saèstu boten memper sanget manawi lalampahan Kanjeng Nabi nganggep juru-pantawis dhateng brahala, saweg kasebutaken ing Quran

Page 165: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 22 Panglawan dhateng Kanjeng Nabi 919

53 Supaya apa kang ditiupaké déning sétan iku Panjenengané andadosaké coba tumrap para kang ing sajroning atiné ana lalarané sarta kang padha atos atiné;1702 lan sayekti wong kang padha atindak dudu iku temen dumunung ing pandaga kang abanget,1703

nalika sampun let wolung taun kaliyan kalampahanipun, mangka punika lalampahan ingkang wigatos. Sadaya kalangan angakeni, bilih surat An-Najm (surat ingkang kaping 53), ingkang kaanggep nyebutaken éwahing piwulangipun Kanjeng Nabi wau punika anggènipun katurunaken nalika kirang langkung ing taun ingkang kaping gangsal sasampunipun Kanjeng Nabi jumeneng dados utusan. Wondéné péranganing surat ingkang saweg karembag punika, anggènipun katurunaken nalika Kanjeng Nabi ngajengaken badhé linggar saking Makkah. Sadangunipun wekdal wau, wahyu ingkang katurunaken sampun langkung saking sapalihing Quran, boten wonten satunggal-tunggala ingkang nyebutaken lalampahan kados déné dodongèngan wau, mangka tanpa wonten perlunipun lajeng dipun sebutaken wonten ing surat ingkang pancènipun boten perlu anyebutaken bab punika, lah punika kémawon sampun cekap kanggé anggorohaken bantahanipun tiyang sajinis tuwan Muir, ingkang kenceng amastani bilih ingkang dipun karsakaken wonten ing ayat ngriki punika dodongèngan wau. Pantes ugi dipun pèngeti, bilih ungeling pratélan punika mengku suraos ing saumumipun; milanipun (manawi kapara nyata dhawuh punika mengku karsa nyebutaken dodongèngan wau), kedahipun saben nabi lan sadhéngah rasul mesthi inggih sampun naté ngalami kacampuran panggodhaning sétan wahyunipun. Nanging panyuraos ingkang kados makaten punika kedah dipun lepataken, jalaran kajawi boten wonten dhawuh satunggal kémawon ing Quran Suci ingkang kénging dipun cungulaken kanggé angiyataken panyuraos wau, ugi jalaran babad anggorohaken punika. Déné pasaksèn ing dalem Islam piyambak ingkang ambuktèkaken doranipun dodongèngan wau, kula aturi mirsani katerangan 2382.

Manawi makaten, lah lajeng punapa suraosipun dhawuh wau? Tamannâ, punika manawi manut ahli basa sadaya kémawon, ateges kapéngin. Miturut TA, tamannî ateges kapéngin anggayuh samukawis ingkang dipun senengi déning tiyang. Lah, prakawis ingkang dipun senengi sadhéngah nabi, punika anjumenengaken Kasawijènipun Pangéran wonten ing donya punika tuwin anjumenengaken yakti ingkang kawahyokaken dhateng panjenenganipun. Lah inggih pépénginanipun sadhéngah nabi punika, ingkang dipun goragodha déning sétan. Déné sétan ing ngriki boten sanès kajawi inggih para benggoling mengsahipun para nabi wau. Lekasipun sétan, angojok-ojoki manusa, utawi kados déné ingkang kasebut ing ngriki: anggodha ing manusa, murih samia milawani nabinipun tuwin milawani ing sumebaripun yakti. Maksudipun ingkang sajati dhawuh punika inggih makaten wau, sarta bab punika sampun kacethakaken piyambak déning suraosing dhawuh ing nginggil lan ing ngandhapipun, ingkang ngrembag jumenengipun yakti saha kapénginipun para mengsahing yakti badhé nyirnakaken punika. Kula aturi mirsani ayat sadèrèngipun, ingkang anglepataken para titiyang ingkang sami merangi lan milawani Kanjeng Nabi, murih panjenenganipun boten saged anjumenengaken yakti wonten ing donya. Boten prabéda lan ingkang asring kadhawuhaken kalayan terang wonten ing surat punika saha ing panggènan sanès-sanèsipun ing dalem Quran, wonten ing dhawuh candhakipun kadhawuhaken, bilih upayanipun para mengsah mesthi badhé wuk atanpa dados sarta yakti mesthi badhé jumeneng ing donya.

1702. Lekasipun sétan anggènipun milawani Kanjeng Nabi, punika dados cobi tumrap para titiyang ingkang ringkih manahipun, inggih punika margi boten kiyat nandhang panganiayaning mengsahipun ingkang sanget, lajeng wangsul dhateng kafir.

1703. Dipun pèngetana, bilih wonten ing pungkasaning dhawuh, sétan punika kagentosan para ingkang sami atindak dédé (dzâlimîn), déné itqa’ utawi godha, kagentosan pandaga. Ingkang makaten punika anedahaken, bilih panggodhaning sétan, punika boten sanès kajawi inggih pandaganipun para mengsah yakti, awit punika godha dhateng manahipun para mengsahipun Kanjeng Nabi.

Ar. adoh

Page 166: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Haji Juz XVII 920

54 Lan supaya para kang padha kasinungan kawruh weruha, yèn sayekti iku kasunyatan saka ing Pangéranira, temahan iku dhèwèké bakal padha angèstu, sarta atiné bakal padha tumunduk mrono; lan sayekti, Allah iku Panuntuné para kang padha angèstu, marang dada-lan bener.

55 Lan para kang padha kafir ora uwis-uwis olèhé dumunung ing kamamangan ing prakara iku, nganti titimangsané tumeka ma-rang dhèwèké kalawan dumrojog utawa tekaning siksané dina kang angleburaké marang dhèwèké.1704

56 Karaton iku, ing dina iku, kagunganing Allah: Panjenengané bakal mancasi antarané dhèwèké; déné para kang padha angèstu lan anglakoni panggawé becik, iku padha ana ing patamanan nugraha.

57 Lan para kang padha kafir sarta angemohi ing timbalan-timbalan-Ingsun, lah iku bagéané siksa kang angasoraké.

RUKU’ 8

Para susatya badhé katetepaken wonten ing bumi

58-61. Para ingkang kaaniaya badhé tinulungan. 62. Allah punika Ingkang-Mahayakti. 63, 64. Wewedharing sabda punika andadosaken gesang.

1704. Tembung ‘aqîm, punika manawi kanggé nembungaken talanakan, ateges gabug. Manawi kanggé nembungaken angin, angin ingkang boten saged nguwohaken (TA-LL); milanipun /

ing 51: 41 punika lajeng ateges angin pangrusak, sarta ingngriki ateges dina kang ngleburaké, liripun: dinten ingkang boten ambekta kasaénan punapa-punapa.Ayat punika, makaten ugi ayat kakalih sambetipun, punika kajawi nerangaken kalayan tetembungan ingkang terang gamblang saha kinawasa, piweca bab jumenengipun yakti – awit inggih punika karatoning Allah – sarta leburing panguwaosipun piawon.

Page 167: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 22 Para susatya katetepaken ing bumi 921

58 Lan para kang padha ngili ing dadalaning Allah,1705 banjur pina-tènan utawi mati, Allah bakal angrijekèni dhèwèké kalawan rije-ki kang becik, lan sayekti Allah iku temen becik-beciké Kang awèh rijeki.

59 Amasthi Panjenengané bakal anglebokaké dhèwèké marang enggon lumebu kang anyenengaké dhèwèké; lan sayekti, Allah iku temen Udani, Momot.

60 (Masthi bakal) mangkono; sapa kang nandukaké wawales kalawan satimbangé (piala) kang ditandukaké marang dhèwèké sar-taa dhèwèké iku ditindhes, amasthi Allah bakal amitulungi dhèwèké; sayekti Allah iku temen Amu-wung, Aparamarta.1706

61 Mangkono iku amarga Allah iku anglebokaké wengi ing raina lan anglebokaké raina ing wengi, lan déné Allah iku Amiyarsa, Amariksani.1707

1705. Margi saking wontenipun tembung hâjaru (padha ngili) ing ayat punika, punika boten teka lajeng anedahaken bilih ayat punika boten katurunaken ing Makkah. Awit nalika taun ingkang kaping gangsal ing sasampunipun Kanjeng Nabi jumeneng dados utusan, para mukminin inggih sampun sami hijrah utawi ngili dhateng nagari Habasyah. Langkung-langkung perlu dipun pèngeti, bilih tiyang ingkang kantun pijambak nilar nagari Makkah nalika hijrah ingkang kaping kalih wau, punika Kanjeng Nabi Suci, kaliyan Bagéndha Abu Bakar tuwin Bagéndha Ali. Pranyata panuntuning manusa ingkang sajati tur mahambek lila-legawa! Sadèrènging panjenenganipun piyambak linggar, ngentosi rumiyin bidhalipun para pandhèrèkipun ingkang setya, murih kareksa kawilujenganipun para titiyang wau. Sampun boten wonten semang- semangipun malih, saupami panjenenganipun linggar langkung rumiyin, nilar pandhèrèkipun wonten ing Makkah, mesthi sami nandhang nasib ingkang sakalangkung déning rekaos wonten ing tanganipun mengsah, ingkang sampun makantar-kantar nepsunipun. Déné dhawuh ingkang nyebutaken, bilih sawenèhipun wonten ingkang pinejahan ing sasampunipun sami ngili, punika terang manawi piweca.

1706. Ayat panika ngidini para Muslimin, ingkang sampun dangu dipun kaniaya lan dipun tindhes, midana para ingkang sami nganiaya dhateng piyambakipun, nanging ugi mrayogèkaken ngapunten lan muwung, sarana anyebutaken sifatipun Pangéran kakalih wonten ing pungkasaning dhawuh ing ayat punika.

1707. Cetha bilih gilir-gumantosing rinten lan dalu ing ngriki punika mengku piweca badhé lumintiripun nasib kabegjan, ingkang sampun kasasmitakaken wonten ing ayat ingkang sampun, awit

Ar. anungka

a. 45

Page 168: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Haji Juz XVII 922

62 Mangkono iku amarga Allah iku Ingkang-Mahayakti, wondéné apa kang padha disusuwuni saliya-né Panjenengané, iku kang palsu, sarta déné Allah iku Ingkang-Luhur, Ingkang-Agung.

63 Apa sira ora weruh, yèn Allah iku anurunaké banyu saka mendhung, satemah bumi dadi ijo? Sayekti Allah iku Mahawilasa,Waspada.

64 Kagungané Panjenengané sa-barang kang ana ing langit-langit lan sabarang kang ana ing bumi; lan sayekti, Allah, Panjenengané iku Ingkang-Sugih, Ingkang-Inga-lembana.

RUKU’ 9

Wilasanipun Pangéran ing dalem anggèn-Ipun angasta manusa

65-70. Kalepataning kapitadosan badhé kapancasan ing tembé. 71, 72. Panganiaya dhateng para angèstu badhé kabengkas.

65 Apa sira ora weruh, yèn Allah iku ambangun-turutaké marang sira sabarang kang ana ing bumi sarta prau kang lumaku ing sagara kalawan paréntahé Panjene-ngané? Sarta Panjenengané ange-ker udan tumiba ing bumi, kajaba kalawan idiné Panjenengané; sayekti Allah iku marang manusa temen Maha-welas, Mahaasih.1708

umat ingkang tinindhes punika tangèh saged midana titiyang ingkang nindhes, manawi dèrèng nguwaosi piyambakipun. Suraos makaten punika ugi kawengku wonten ing dalem sifatipun Pangéran kakalih ingkang kanggé mungkasi ayat punika. Ayat-ayat sambetipun inggih makaten ugi, mengku sasmita ingkang kados makaten wau.

1708. Péranganipun ingkang sapisan ayat punika maringi janji kamenangan dhateng para Muslimin, déné perangan ingkang angka kalih, memèngeti para mengsah, bilih Allah angeker siksa, liripun boten andhawahaken pidana ing sawatawis wekdal dhateng para titiyang wau, jalaran Panjenenganipun punika welas lan asih dhateng para manusa. Angeker langit, punika tegesipun angeker siksa, ingkang sampun kadhawuhaké dhateng para mengsah bilih mesthi badhé andhawahi piyambak-ipun saking langit.

Ut. Ingkang-Anguninga-ni kang lem-but-lembut

Ut. anyuku-pi Dhiri Pribadi

Ut. langit

Page 169: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 22 Wilasanipun Pangéran 923

66 Lah Panjenengané iku kang aparing urip sira; banjur bakal amatèni sira, banjur bakal angurip-aké sira (manèh); sayekti manusa iku temen ora weruh ing panarima.

67 Tumrap siji-sijining umat Ingsun wus anetepaké lakuning kumawula, kang padha diéstok-aké;1709 mulané aja nganti dhèwèké padha apasulayan karo sira ing dalem prakara iku, sarta angajaka marang Pangéranira; sayekti sira iku dumunung ing dadalan kang bener.

68 Lan manawa dhèwèké padha ambantahi sira, banjur calathua: Allah iku luwih wikan marang apa kang padha sira lakoni.

69 Allah bakal amancasi ing antaranira ing dina kiyamat ing dalem prakara kang ing kono sira padha apasulayan.

70 Apa sira ora weruh, yèn Allah iku anguningani sabarang kang ana ing langit-langit lan bumi? Sayekti, iki ana ing dalem kitab; sayekti, iki, ingatasé Allah gampang.

71 Lan dhèwèké padha angabdi saliyané Allah, barang, kang Panjenengané ora anuruni wewe-nang, lan barang kang dhèwèké padha ora duwé ngèlmu(-né), lan tumrap kang padha atindak dudu ora bakal ana panulung.

1709. Ayat punika paring pasaksèn malih dhateng kula sami, bab pambekan momot saha kamardikan nglampahi agami dhateng sok tiyang, ingkang kawulangaken Islam.

Ut. pangi-badah

Ar. pituduh, tuntunan

Page 170: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Haji Juz XVII 924

72 Lan samangsa timbalan-tim-balan-Ingsun kang cetha diwacak-aké marang dhèwèké, sira bakal weruh panampik (katon) ana ing rai-rainé para kang padha kafir; mèh baé dhèwèké padha angancab para kang padha amacakaké timbalan-timbalan-Ingsun marang dhèwèké. Calathua: Apa kowé gelem daktuduhaké marang kang luwih ala tinimbang iki? Yaiku geni, kang dijanjèkaké déning Allah marang para kang padha kafir; iba ta alané pangungsèn iku!

RUKU’ 10

Manembah-pangéran-kathah badhé dipun rungkad

73, 74. Apesipun sesembahan palsu. 75, 76. Para utusan angsal kamenangan. 77, 78. Panyerempeng punika perlu.

73 É, para manusa! sawijining sanépa wus digelar; mulané iku padha sira rungokna. Sayekti, para kang padha sira uwuh kang saliyané Allah, iku padha ora bisa agawé laler siji, sanajan padha gumolong anandangi, apa déné upama silaler anggondhol apa-apa saka dhèwèké, iku ora bakal padha bisa anjabel; apes kang anguwuh lan kang diuwuh.1710

74 Dhèwèké ora padha angajèni Allah kalawan sajatining aji-Né; sayekti Allah iku temen Kuwat, Mahamulya.

1710. Ayat punika anerangaken bilih sesembahan palsu punika sami boten saged damel barang gesang nadyan ingkang asor piyambak, utawi mangrèh dhateng titah sakedhik kémawon inggih boten saged. Kajawi punika ayat punika ugi mengku piweca ingkang terang, bilih para sesembahan palsu mesthi badhé kasingkiraken saking Padaleman Suci, sarta ingkang nembah lan ingkang dipun sembah mesthi sami déné badhé dados apes tanpa kukupan.

Page 171: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 22 Manembah pangéran kathah 925

75 Allah amilih sawenèhing para malaikat lan sawenèhing para manusa minangka utusan; sayekti Allah iku Amiyarsa, Amriksani.

76 Panjenengané Anguningani apa kang ana ing ngarepé lan apa kang ana ing buriné, lan marang Allah baliné sakèhing prakara.

77 É, para kang padha angèstu! padha tumundhuka lan sumung-kema sarta padha angabdia marang Pangéranira, sarta padha angla-konana kabecikan, supaya sira padha beja.a

78 Lan padha anyrempenga ing (dadalaning) Allah kalawan saja-tiné panyrempeng ing Panjene-ngané; Allah wus amething sira, sarta ing dalem agama Panjene-ngané ora adamel rupek tumrapé sira; agamané ramanira Ibrahim; Panjenengané amastani Muslimin marang sira: ing biyèn sarta ing saiki,1711 supaya utusan iku dadi saksi ingatasé sira sarta sira padha dadi saksi ingatasé para manusa;a

mulané padha anjumenengana salat sarta padha ambayara zakat apa déné padha gondhèlana ing Allah; Panjenengané iku Panga-yomira; lah iba ta linuwihé Panga-yoman iku, lan iba ta linuwihé Panulung iku!

1711. Agaminipun Allah ingkang sajati, ingkang dados agaminipun sadaya para andika Nabi, punika Islam, utawi sumarah ingkang ambabar-pisani dhateng Allah. Kanjeng Nabi Ibrahim naté nyunyuwun supados saking antawising tedhak turunipun wonten satunggaling umat Muslimin (2: 128). Wonten ing Quran Suci kapangandikakaken marambah-rambah, bilih Kanjeng Nabi Ibrahim piyambak punika inggih Muslim, awit panjenenganipun punika nyumarahaken sariranipun dhateng Allah kalayan sumarah ingkang ambabar-pisani kados lekasipun Muslim sajati.

_______

Ar. dibalèk-aké

a. 183

Ar. sadu-rung(-ira)Ar. iki,Ut. panun-tun Ut. panun-tun a. 183

Page 172: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

JUZ XVIII

SURAT 23

AL-MU’MINUN

(Para angèstu)

KADHAWUHAKEN ING MAKKAH

(6 ruku’, 118 ayat)

Pathinipun:

Ruku’ 1. Kabegjanipun para angèstu Ruku’ 2, 3. Kanjeng Nabi Nuh lan nabi-nabi ing sapengkeripun. Ruku’ 4. Angambali lalampahanipun para nabi. Ruku’ 5. Panembah-pangéran-kathah katampik piyambak. Ruku’ 6. Pidhuwungipun tiyang awon.

Namanipun, gathuking suraosipun, tuwin titimangsaning tumurunipun

Surat punika mekasi golongan ingkang angka tiga tumrap surat-surat Makkiyah, misuwur nama surat Al-Mu’minun utawi Para angèstu, awit surat punika ngrembag kabegjanipun para angèstu. Imam Sayuthi leres anggènipun mastani, bilih surat punika wahyu Makkiyah ingkang wekasan. Saboten-botenipun sampun boten wonten pasulayaning pamanggih bilih surat punika wahyu Makkiyah, sarta kabuktèn saking pasaksèn pipiridan saking suraosipun, bilih surat punika kagolong ing jaman ingkang wekasan salebetipun Kanjeng Nabi makarya wonten ing Makkah. Ruku’ ingkang wekasan piyambak, ingkang nyebutaken anggènipun para tiyang awon sami badhé anggetuni pandamelipun, punika semunipun kados déné dhawuh ingkang wekasan nalika badhé pipisahan kaliyan para mengsah ingkang ambek siya. Mengsah sami dipun icipaken siksa, lan dipun paringi wilasa malih, nanging siksa lan wilasa wau boten nabeti punapa-punapa dhateng piyambakipun, wangsul tetep dados tiyang awon kados ingkang sampun-sampun kémawon. Pranyata punika pasaksèn ingkang cetha bilih surat punika wahyu ingkang akhir, sarta pamanggihipun Imam Sayuthi wau sajakipun kekah waton-watonipun.

Ingkang kawarsitakaken

Rèhning surat punika kados déné dhawuh pamungkas wigatos paring piturut ingkang saé, sarta rèhning surat punika sawarni amedharaken kalayan antep kabegjanipun para angèstu, mila sampun boten wonten semang-semangipun malih bilih surat punika dados sambetipun ingkang trepmathis golonganing surat-surat ingkang ngrembag kamenanganipun Islam ingkang ageng ing wekdal ingkang badhé dhateng. Pancèn inggih, sajakipun surat punika taksih nglajengaken bab ingkang karembag wonten ing surat ingkang sampun, sarta inggih awit saking punika déné ing ruku’ ingkang sapisan kabegjanipun para mukminin kasabdakaken kalayan tetembungan ingkang terang gamblang lan ceplos, ingkang lajeng kasambetan malih ruku’ kakalih sanèsipun ingkang nyebutaken kabegjan saminipun punika ingkang tumrap para nabi ingkang rumiyin-rumiyin. Ruku’ ingkang kaping sakawan mangandikani kula sami, bilih lalampahanipun Kanjeng Nabi Suci Muhammad saw. punika menggah ing sajatos-jatosipun ngambali malih lalampahanipun para andika nabi ingkang sampun-sampun. Wahyuning Pangéran ingkang ageng saha ingkang wekasan piyambak dados sanjata pamungkas kanggé ambrastha kamusyrikan (panembah-pangéran-kathah), sarta kados déné ingkang kacetha wonten ing ruku’ ingkang kaping gangsal, ingkang makaten wau sajatosipun ateges anggènipun para musyrik piyambak nganggep lepat dhateng kamusyrikanipun. Ruku’ ingkang kaping nem mungkasi rembag bab prakawis punika sarana anerangaken bilih para titiyang duraka sami badhé kaduwung dhateng pandamelipun ingkang sampun katindakaken kalayan sakajeng-kajengipun punika.

Page 173: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 23 Kabegjanipun para angèstu 927

RUKU’ 1

Kabegjanipun para angèstu

1-11. Para angèstu ingkang sajati sarta kabegjanipun. 12-14. Kamajengan ruhani dipun cocogaken kaliyan kamajengan jasmani. 15, 16. Gesang sasampunipun pejah. 17-22. Paparingipun Pangéran ingkang gumelar ing jagad minangka pasaksènipun paparing ruhani.

Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, Ingkang-Mahaasih.

1 Temen begja para wong kang angèstu,1712

2 Kang padha konjem ing dalem salaté,

3 Lan kang padha sumingkir saka sabarang kang tanpa guna,

4 Sarta kang padha tumindak tumuju ing kasucian,1713

1712. Kalih surat ingkang sampun, binukan kalayan pèpènget badhé dhumawahipun pancasan ingkang sampun mèh kalampahan. Minangka sambetipun ingkang mathis: surat punika binukan ngundhangaken kamenanganipun para angèstu, jalaran saged kémawon kalampahan, tiyang duraka angsal siksa, nanging tanpa anguwohaken saé tumrap para angèstu. Kanggé angicalaken semang- semang ingkang kados makaten wau, ing ngriki kasebutaken, bilih nadyan ing gesang sapunika punika /

ugi, para mukminin mesthi badhé begja. Déné mila ngagem fi’il madli (tembung kriya ingkang nedahaken tandang ingkang sampun rampung katindakaken ing wekdal ingkang sampun kapengker), punika kanggé anedahaken, bilih boten kénging boten mesthi badhé kalampahan saèstu, /

kados déné ing tembung ing 16: 1 bab siksanipun para titiyang kafir. Bab prakawis warni kalih punika mesthi kalampahanipun, sampun boten kénging boten, milanipun wongsal-wangsul kadhawuhaken kados déné barang ingkang sampun kalampahan.

1713. Tembungipun dhawuh ing ngriki ing mangka ing sagembleng- ipun Quran Suci, saben anyebataken zakat ingkang mengku teges sidkah utawi zakat (sidhekah wajib),/

ukaranipun dhawuh mungel ing ngriku tembung zakat dados lésan. Awit saking punika aksara lam ing ngriki kedah dipun suraos kanggé anedahaken tuju lan sedya (Rgh, TA-LL), déné tembung zakat, dipun wangsulaken. dhateng tegesipun ingkang wantah, inggih punika kasucian (rimbagan saking tembung zakâ, jawinipun suci). Teges punika ugi dados tegesipun tembung /

wau wonten ing panggénan sanès ing Quran Suci, kadosta ing dhawuh ing 19: 13, jawinipun: “budi welas saka ngarsa-Ningsun apa déné kasucian.” Nanging kedah dipun pèngeti, mila teges punika ingkang dipun pilih, punika mligi namung sabab mirid dhapukaning ukara, boten teka sabab saking zakat (sidhekah utawi zakat) punika dèrèng kadhawuhaken jaman Makkah (kados pangintenipun sawenèh ngulami), jer surat punika katurunaken ing Makkah. Shalat, utawi sembahyang, inggih punika netepi wajib ingkang dhateng Gusti Allah, tuwin zakât, utawi sidhekah

Ut. dadi wong kang awèh zakat

Page 174: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para angèstu Juz XVIII 928

5 Tuwin kang padha rumeksa ing kawirangané,1714

6 Kajaba tumrap marang bojo-né utawa kang kadarbé ing tangané tengen, amarga sayekti iku padha dudu cacad,1715

7 Ananging sapa sing mamrih saliyané iku, lah iku wong kang padha mlangkah wates;

8 Lan kang padha anjaga ma-rang kang dipracayakaké ing awakéapa déné (marang) janjiné.

9 Sarta kang padha rumeksa marang salaté;

10 Yaiku wong kang padha dadi waris,

11 Kang bakal padha maris Suwarga; ana ing kono olèhé bakal padha manggon.

wajib, inggih punika netepi wajib ingkang dhateng sasami, punika wonten ing dhawuh ingkang tumurunipun nalika jaman wiwitan tuwin ing dhawuh ingkang tumurunipun nalika jaman ingkang kantun-kantun, dados tatalesipun Islam kakalih; déné ingkang katurunaken ing Madinah punika namung riricikanipun pranatan zakât.

1714. Furûj, jama’-ipun tembung farj, tegesipun péranganing badanipun tiyang ingkang manawi/

kawedharaken saru (Msb, Q-LL). Milanipun: punika limrahipun ateges mekak hawa nafsu.

1715. Tembung ingkang wonten ing jarwan kasebut nginggil dipun lugokaken tegesipun, punika adatipun dipun tegesi abdi utawi kawula réncang tumbasan. Tiyang Islam, jalera èstria, wonten ing ngajengipun tiyang sanès, ingawisan boten kénging amedharaken péranganing badan ingkang pundi kémawon, ingkang saru tiningalan. Nanging boten kétang sakedhik inggih dipun paringi kamardikan, inggih punika tiyang èstri tumrap wonten ing ngajengipun ingkang jaler (lakinipun) tuwin ing ngajengipun para réncang-réncangipun èstri, tiyang jaler wonten ing ngajengipun ingkang èstri (rabinipun) tuwin wonten ing ngajengipun réncang-réncangipun jaler. Miturut pahamipun Islam bab tatakrama, ngliga péranganing badan kados lekasipun para èstri bangsa Éropah, kados déné tatacaranipun ingkang limrah katindakaken manawi wonten ing pasamuwan-pasamuwan ageng tuwin ing papan titingalan (theatre), punika boten dipun parengaken. Perlu dipun pèngeti, bilih surat punika wahyu ingkang tumurun ing Makkah, déné syarat-syarat kéngingipun réncang tumbasan èstri dipun pendhet sémah, punika kadhawuhaken ing sapengkeripun punika, ing Madinah (mirsanana 561), milanipun manawi ingkang kakarsakaken ing pangandika punika bab prakawis saresmi’ idin ingkang mungel: kang kadarbé ing tangané tengen, punika kedah kasuraos teluk dhateng syarat-syarat ing 4: 25. Prayogi ugi dipun wewahi katerangan, bilih èstri tumbasan punika manawi kapendhet sémah, boten angsal hak-hak kados déné hak. hakipun sémah ingkang asli tiyang èstri mardika, milanipun sémah réncang èstri tumbasan wau kapangandikakaken kalayan kasilahaken piyambak.

Page 175: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 23 Kabegjanipun para angèstu 929

12 Lan sayekti temen Ingsun wus anitahaké manusa saka sari-ning lemah;1716

13 Tumuli iku Ingsun dadèkaké wijining urip ana sajroning papan kang kukuh.

14 Tumuli wijining urip iku Ing-sun dadèkaké getih kang kenthel, banjur getih kenthel iku Ingsun dadèkaké daging saereb, banjur (ing sajroning) daging saereb iku Ingsun dadèkaké babalung, banjur balung iku Ingsun busanani da-ging, tumuli iku Ingsun thukulaké dadi titah séjéné; lah Mahabarkah Allah iku, Becik-beciking Dhat Ingkang-Anitahaké.1717

15 Tumuli, sawusé mangkono iku, sayekti sira temen bakal padha mati.

16 Tumuli, ing dina kiyamat, sayekti sira bakal ditangèkaké

17 Lan sayekti, temen Ingsun wus andadèkaké ana ing dhuwurira dadalan pitu; lan ora pisan Ingsun bakal léna marang titah iku.1718

1716. Ing ngriki tumitahipun manusa punika dipun urut ngantos dumugi siti, inggih punika saking sarining siti, amargi wijining gesang ingkang wonten ing tirta pulanghiyun makaten sarining tedha, ingkang asalipun saking siti, sanajan awujud punapa kérnawon. Kedah dipun pèngeti, bilih sadasa ayat ingkang rumiyin, punika ingkang dipun pangandikakaken bab tumuwuhing ruhaniyahipun manusa, déné bab tumuwuhing jasmaniyahipun manusa, kapangandikakaken wonten ing ayat ngriki. Dados ingkang makaten wau ateges namtokaken tatandhingan antawising tumuwuhipun jasmani lan ruhani.

1717. Tataran warni-warni tumrap tumuwuhing jabang bayi anakipun manusa, ingkang kagelaraken wonten ing ngriki, punika cocog sanget kaliyan panaliti-priksanipun kawruh. Namung kémawon kedah dipun èngeti bilih aksara fa, tegesipun tumuli, kados déné ingkang kagem wonten ing dhawuh: banjur babalung iku Ingsun busanani ...... punika boten mesthi mengku suraos urutan-urutan Ingkang makaten punika sampun kacetha wonten ing sasambetanipun dhawuh, ingkang anebutaken bilih ingkang rumiyin daging saereb, lajeng babalung ingkang rumiyin piyambak thukul wonten ing daging ngriku.

1718. Ing ngriki boten langit pipitu. nanging dadalan pitu. Sampun boten wonten semang-semangipun malih bilih punika buwengan lampahipun planet-planet warganing zonnestelsel, kajawi bumi ingkang kita enggèni punika. Punika anedahaken bilih tembung langit, punika kagemipun wonten

Page 176: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para angèstu Juz XVIII 930

18 Lan Ingsun anurunaké banyu saka ing mendhung kalawan sataker; banjur iku Ingsun eng-gonaké jeroning bumi; lan sayekti Ingsun iki temen kawasa ambirat marang iku.

19 Banjur iku Ingsun anggo anukulaké pakebonan kurma lan anggur tumrap marang sira; ing kono sira olèh wowohan akèh sarta iku padha sira pangan;

20 Sarta wit kang tuwuh saka ing Gunung Sina, kang angetokaké lenga, sarta minangka bumbu tu-mrap wong kang padha mangan.1719

21 Lan sayekti, tumrap ing sira, ing sajroning raja-kaya iku temen ana wuwulangé; Ingsun aparing ombèn-ombèn marang sira, arupa barang kang ana ing sajroning wetengé, sarta ing kono ana piguna akèh tumrap ing sira, apa déné iku padha sira pangan,

22 Lan sira padha nunggangdhèwèké lan ing prau.

RUKU’ 2

Kamenanganipun Nabi Nuh

23-29. Nabi Nuh dipun emohi sarta kasagahan badhé luwaripun. 30-32. Nabi sanès kautus, ayahan ingkang dipun emban sami.

23 Lan sayekti, temen Ingsun wus angutus Nabi Nuha marang bangsané; tumuli acalathu:

ing Quran Suci kalayan mengku teges warni-warni. Ateges samukawis ingkang wonten ing nginggil; ateges mendhung; ateges laladan ing nginggil; ateges planet-planetipun zonnestelsel; ateges bawengan lampahipun planet-planet wau; ateges sagemblenging titah bangsanipun lintang kados ingkang katingal ing mripat.

1719. Wit ingkang tuwuh saking Redi Sina, tuwin ingkang angedalaken lisah, punika sajakipun mengkukarsa nyebutaken lisah zaitun ingkang binarkahan ing 24: 35, inggih punika ingkang minangka candranipun umat Islam (kula aturi mirsani 1757).

Ar. diemot

a. 901

Page 177: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 23 Kamenanganipun Nabi Nuh 931

É, bangsaku! Padha angabdia ing Allah; sira ora duwé sesembahan saliyané Panjenengané; apa ta sira ora bakal padha anjaga dhiri (saka ing ala).

24 Para panggedhéning bangsa-né kang padha kafir banjur calathu: Iki ora liya mung wong sapadha-mu, karepé arep angungkuli kowé kabèh, lan lamun Allah angarsak-na, amasthi anurunaké malaikat. Prakara iki, ing antarané, bapak-bapakku dhèk jaman biyèn-biyèn, aku padha ora ngrungu:

25 Dhèwèké iki ora liya kajaba wong owah, mulané padha saran-tèkna nganti sawatara lawasé.

26 Dhèwèké munjuk: Dhuh, Pangéran kawula! mugi Tuwan aparing pitulung ing kawula saking anggènipun sami anggorohaken ing kawula.

27 Tumuli Ingsun aparing wewe-dhar marang dhèwèké, pangandi-ka-Ningsun: Gawéa prau, kalawan Ingsun-jenengi sarta (miturut) wedharing sabda-Ningsun; lah samangsa paréntah-Ingsun wus tumeka sarta banyu metu saka ing jujurang,a banjur anjupuka sarupa-ning barang (kang perlu) nyajodho lebokna mrono,b mangkono uga kulawarganira, kajaba sapa kang wus katiban sabda ing sadurungé, sarta aja munjuk marang Ingsun prakara para kang padha atindak dudu; sayekti dhèwèké iku bakal padha kinelem.

28 Lah samangsa sira wus ma-pan lungguhira ing prau, sira lan

Ut. kranji-ngan

Ar. tingali

a. 1178

b. 1179 1180

Page 178: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para angèstu Juz XVIII 932

kanthinira, banjur munjuka: Sadaya pangalembana sadaya kagungan-ipun Allah, Ingkang milujengaken kawula saking golongan ingkang atindak dédé:

29 Sarta munjuka: Pangéran ka-wula, mugi Tuwan angudhunaken kawula kalayan mudhun ingkang binarkahan, lan Tuwan punika Saé-saénipun ingkang angudhunaken.

30 Sayekti, temen ana tandha-tandha ing dalem (lalakon) iki, sarta sayekti Ingsun iki tansah aparing coba (marang manusa).

31 Tumuli, ing sapungkuré dhè-wèké, Ingsun anukulaké umat liya.

32 Banjur, ing kono, Ingsun angutus sawijining utusan, unusan saka ing kono, calathuné: Padha angabdia ing Allah, sira ora duwé sesembahan saliyané Panjenenga-né: lah apa ta sira padha ora anjaga dhiri (saka ing ala)?

RUKU’ 3

Para nabi sapengkeripun Nabi Nuh

33-41. Para ingkang mengsahi, lebur. 42-44. Umat sanès gumantos ing pandumipun. 45-49. Nabi Musa kaliyan Fir’aun. 50. Enggèn pangungsèn kaparingaken dhateng Nabi ‘Isa kaliyan ibunipun.

33 Lan para panggedhéning bangsané kang padha kafir lan anggorohaké marang sapatemon ing akhirat, apa déné Ingsun pari-ngi kabungahan lubèr-lubèr ing kauripan donya iki, padha calathu: iki ora liya kajaba uwong sa-padhamu, mangan apa sing padha kopangan sarta ngombé apa sing padha koombé;1720

1720. Milanipun para andika nabi dipun pilawani, punika sabab panjenenganipun punika ing dalem

Ut. dhèwèkéUt. antarané

Page 179: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 23 Sapengkeripun Nabi Nuh 933

34 Lan manawa kowé padha ambangun turut wong sapadhamu, lah amasthi kowé dadi wong kapitunan:*

35 Apa ta dhèwèké angancam ing kowé, manawa nalikané kowé wis dadi lemah karo balung, iku kowé bakal padha diwetokaké?

36 Adoh banget, adoh banget apa kang diancamaké marang kowé iku:

37 Ora liya sing ana iku kajaba mung kauripanku ing donya iki, aku iki kabèh padha mati lan padha urip lan ora bakal aku padha ditangèkaké:

38 Dhèwèké iku ora liya kajaba mung uwong, kang agawé-gawé panggorohan ing Allah, sarta aku ora bakal padha angèstu marang dhèwèké.

39 Dhèwèké munjuk: Dhuh Pa-ngéran kawula! mugi Tuwan apa-ring pitulung ing kawula, amargi piyambakipun sami anggorohaken ing kawula.

*babagan kabetahanipun manusa, teluk dhateng angger- anggering kudrat, sami kémawon kados déné manusa sanès-sanèsipun. Nyata sampun boten wonten semang semangipun malih santolan makaten wau pancèn inggih pikantuk, manawi kanggé mancahi utawi mabeni tiyang ingkang ngaken dados Allah. Nanging rèhning para andika nabi punika inggih manusa, milanipun manawi para andika nabi wau inggih teluk dhateng angger-anggering kudrat ingkang mangrèh dhateng manusa sanès-sanèipun, nama sampun samesthinipun. Sintena kémawon boten kénging kanggé tepa-tuladhanipun manusa, manawi piyambakipun punika sanès bangsaning manusa, sarta boten teluk dhateng angger-anggering kudrat, kados manusa sanès-sanèsipun; jalaran ngemungaken tiyang kémawon, ingkang saged nedaha-ken margi dhateng para manusa, inggih punika sarana ngawaki piyambak lumampah wonten ing margi wau, dadosipun ingkang makaten wau dumunung anedahaken, kados pundi sagedipun para manusa punika boten dados bandhanganing kasèkènganipun kudrating manusa. Dados awit saking punika, “Pangéran manjalma” utawi “Allah ingkang madhag asarira manusa,” punika boten kénging dipun anggé tepa-tuladha tumrap para manusa, boten prabéda lan manusa, punika inggih boten kénging dipun anggé tepa-tuladha tumrap kapal utawi segawon. Manawi Yesus punika suci ing dosa margi panjenenganipun punika Allah, saèstu panjenenganipun punika boten kénging kanggé tepa-tuladha tumrap kula sami ingkang sanès Allah punika. Ingkang kula betahaken inggih punika: tiyang, bangsaning manusa, ingkang anedahaken dhateng kula sami, kados pundi sagedipun kula sadaya sami nyingkiri luwangan-luwangan, ingkang ngepang-wakul kula sadaya “sebagai”manusa.

Page 180: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para angèstu Juz XVIII 934

40 Panjenengané angandika: Sa-dhéla engkas, amasthi dhèwèké temen bakal padha kaduwung.

41 Banjur pidana anibani dhè-wèké kalawan bener, tumuli padha Ingsun dadèkaké (lesah anggele-sah) kaya sarah; mulané sirnaa bangsa kang atindak dudu!1721

42 Tumuli, ing sapungkuré, Ing-sun anukulaké umat liya-liyané.

43 Ora ana umat kang bisa angajokaké wayahé kang wus tinamtu, ngunduraké uga ora bisa.

44 Tumuli Ingsun angutus para utusan-Ingsun agenti-genti; saben utusan teka marang sawijining umat, iku digorohaké, dadiné Ingsun tumurunaké sawenèh ing sawenèhé sarta dhèwèké Ingsun dadèkaké carita; mulané sirnaa umat kang ora angèstu!1722

45 Tumuli Ingsun angutus Musa karo saduluré, Harun, angemban timbalan-timbalan-Ingsun tuwin wisésa kang terang.

46 Marang Fir’aun dalah para gedhé-gedhéné, ananging padha gumedhé sarta dhèwèké iku bangsa kang kumaluhur-luhur.

1721. Margi wontenipun tembung Shaihah ing ayat punika, kathah para ngulami ingkang lajeng gadhah pamanggih, bilih ayat 33-41 ing ruku’ punika mengku suraos nyebutaken Kanjeng Nabi Hud utawi Kanjeng Nabi Salih. Nanging kaèngetana bilih tembung Saihah, punika tegesipun siksa (LL), sarta sogad-saged kémawon kanggé anembungaken siksa ingkang sarana lindhu punapa sarana sanès-sanèsipun. Miturut urut-urutaning jamanipun nabi-nabi ingkang kasebutaken ing surat ingkang kaping pitu, sapengkeripun Kanjeng Nabi Nuh punika Kanjeng Nabi Hud, déné umatipun Kanjeng Nabi Hud wau,i.p. kaum ‘Ad, punika kalebur déning prahara wedhi. Milanipun tembung shaihah wau kula tegesi pidana.

1722. Dipun dadosaken cariyos, punika tegesipun: ing sasirnanipun para titiyang wau ingkang kocap lan ingkang dados pangémut-émut boten wonten sanès kajawi namung cariyos nasib cilaka ingkang kasandhang déning para titiyang wau.

Ar. utusané

Ar. kalawan

Page 181: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 23 Sapengkeripun Nabi Nuh 935

47 Banjur padha calathu: Apa ta aku arep padha angèstu marang wong loro, padhané aku, kang mangka bangsané sakaroné iku padha angabdi marang aku?

48 Mulané sakaroné padha di-emohi, sarta dhèwèké padha dadi éwoning wong kang padha linebur.

49 Lan sayekti temen Ingsun wus aparing Kitab marang Musa, supaya dhèwèké padha anurut dalan bener.

50 Lan Ingsun andadèkaké anak lanangé Maryam karo ibuné dadi tandha sarta sakaroné Ingsun ungsèkaké marang tanah dhuwur, kang mawa bubulak lan sumber-sumberan.1723

1723. Tanah ingkang kapangandikakaken ing ayat punika, dados rembag ingkang ramé. Rabwahpunika tanah ingkang inggil, déné qarâr tegesipun pasitèn ingkang kénging dipun wedalaken asilipun tuwin panggènan ingkang wonten toyanipun megung wonten ing bubulak ingkang andhap (TA-LL). Sawenèh wonten ingkang mastani, bilih tanah wau nagari Yèrusalèm, utawi Mesir, utawi Palestina, utawi Syam (Damaskus). Nanging nagari-nagari wau boten wonten ingkang nocogi kaliyan sisifatanipun ingkang kadhawuhaken ing ngriki. Déné ingkang ngepleki namung tanah Kasymir. Pancer Israil sadasa, sapérangan ugi pinanggih wonten ing Kasymir. Kathah kitha-kitha alit lan dhusun-dhusun ing Kasymir ngriku, ingkang nganggé namanipun khita-khita alit tuwin dhusun-dhusun ing Palestina. Pasaréan ingkang wonten ing margi ageng Khanyar (Khan Yar street), ing kitha karajan Kasymir, ingkang misuwuripun winastan pasarèanipun Nabi Sahib (jawinipun: Kanjeng Nabi), utawi Isa Sâhib (i.p Kanjeng Nabi Isa), utawi Yus Asaf Nabi (i.p. Kanjeng Nabi Yus Asaf), punika ugi ngiyataken pamanggih punika. Anggènipun surat punika piyambak ngrembag bab menangipun ingkang wekasan para andika nabi tuwin para pandhèrèkipun, punapa déné wilujengipun saking tanganing mengsah- mengsahipun, punika ugi saged suka ular-ular kanggé ngwudhari lalampahan ingkang taksih peteng bab prakawis icalipun Kanjeng Nabi ‘Isa; awit kados déné ingkang sampun katerangaken ing 645, Kanjeng Nabi ‘Isa punika boten séda wonten ing kajeng palang. Lah ayat punika nerangaken, bilih ing sasampunipun panjenenganipun dipun wilujengaken saking tanganing mengsah-mengsahipun, panjenenganipun lajeng kaparingan pangungsèn wonten ing sawènèhing panggènan sanès. Katerangan bab kawontenanipun panggènan wau kados ingkang kadhawuhaken ing ayat punika, punika manawi dipun jèjèr kaliyan kawontenan ingkang pinanggih. ing Kasymir, inggih punika pasarèan, ingkang manawi manut pasaksèn ingkang pinanggih sadaya sami anedahaken bilih pasarèan wau pasarèanipun Kanjeng Nabi ’lsa, punika lajeng anuwuhaken pupuntoning pamanggih, bilih inggih tanah Kasymir wau ingkang dipun karsakaken ing ayat punika. Déné bab prakawis pasarèan wau, pasaksèn ing ngandhap punika anedahaken bilih tiyang suci ingkang sumaré wonten ngriku punika boten sanès kajawi Kanjeng Nabi ’Isa. (a). Pasaksèn gethok-tular ingkang awawaton riwayat ingkang lumunta turun-maturun (tradition) gadhahanipun titiyang Kasymir nyariyosaken, bilih pasarèan wau pasarèanipun satunggaling tiyang ingkang asmanipun Yus Asaf, ingkang misuwuripun satunggaling nabi. Sarta ingkang rawuh saking tanah kilèn nalika watawis 2000 taun kapengker. (b). Kitab Târikh-I-.A’zami, inggih punika

Ut. digorohi

Page 182: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para angèstu Juz XVIII 936

RUKU’ 4

Angambali lalampahanipun para Nabi

51-56. Katulusanipun para Nabi; tiyang ingkang angalang-alangi. 57-61. Tetenger-ipun mukmin sajati. 62-70. Anggèning angalang-langi badhé cabar. 71-74. Angajengi kasunyatan punika badhé andadosaken luhur. 75-77. Puguh angemohi masthi badhé andhatengaken pidana ingkang keras.*

51 É, para utusan! padha mangana barang apik sarta padha anglakonana panggawé becik; sayekti Ingsun iki marang sabarang kang padha sira lakoni angudanèni.

52 Lan sayekti umatira iki umatsiji lan Ingsun iki Pangéranira; mulané dibecik rumeksanira (ing wajibira) marang Ingsun,

53 Ananging dhèwèké padha medhot prakarané ing antarané dhèwèké dadi panthan-panthan,siji-sijining papanthan padha bu-ngah marang apa duwèké.

*serat babad ingkang dipun karang nalika watawis kalih atus taun kapengker, nerangaken bab pasarèan punika wonten ing kaca 82 makaten: ” limrahipun pasarèan punika winastan, pasarèanipun satunggaling nabi. Panjenenganipun punika satunggaling sang pinangéran ingkang rawuh ing Kasymir saking tanah ngamonca ........ Asmanipun Yus Asaf.” (c). Kitab Ikmâlu-d-Din, satunggaling kitab Arab ingkang sampun umur sèwu taun, ugi nyebutaken Yus Asaf punika sampun nglampahi lalana wonten ing sawenèh nagari-nagari. (d). Tuan Yoseph Yacobs nerangaken, awawaton serat cariyosipun Yus Asaf ingkang wedalan kina sanget, bilih panjenenganipun (Yoasaph) punika ing wasananipun dumugi ing Kasymir, sarta wonten ing ngriku sédanipun (“Barlaam and Yosaphet,” kaca CV). Pasaksèn punika anedahaken, bilih pasarèan ing Khan Yâr punika pasarèanipun Yus Asaf. Nanging sinten ta Yus Asaf punika’? Wonten ing riwayat gethok-tular lan wonten ing serat babad, panjenenganipun punika sinebut nabi; punika sampun saged suka putusan kala jaman punapa sugengipun, jalaran titiyang Muslimin boten angakeni wontenipun nabi ingkang rawuh ing sapengkeripun Kanjeng Nabi Suci. Malih, asma Yus lan Yasu’ punika sarupi sanget; déne Yasu’ punika basa Arabipun Yesus. Ing dalem piwulang-piwulangipun Yus Asaf lan Kanjeng Nabi ‘Isa ugi wonten sarupinipun ingkang sanget; upaminipun pasemon juru-nyebar’ ingkang kasebut Mat. 13: 3, Mark. 4: 3, tuwin Luk. 8: 5 punika ugi pinanggih wonten ing “Barlaan and Josaphet” (kaca CXI). Wonten malih kawontenan ingkang sakalangkung èlok sanget, inggih punika Yus Asaf namakaken piwulangipun: Busyrâ (Arabipun ingkang plek basa Inggris Gospel utawi basa Walandi Évangelie), kados déné ingkang katerangaken ing “Ikmâlu-d-Din,” makaten: “Panjenenganipun lajeng wiwit nyanépak-aken wit wau kaliyan Busyrâ, ingkang dipun wucalaken panjenenganipun dhateng titiyang kathah.” Kawontenan punika sadaya dados pipiridan tumrap kula sami namtokaken pupuntoning pamanggih, bilih ing sasampunipun ngalami lalampahan kapenthèng (nanging boten ngantos séda Pen.), Kanjeng Nabi Isa lajeng tindak dhateng Kasymir, salajengipun panjenenganipun mucal wonten ing ngriku, sugeng wonten ing ngriku, saha séda ugi wonten ing ngriku.

Ut. Agama-nira, agama

Ar. pecahbelah dadi panthan-panthan

Page 183: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 23 Lalampahanipun para Nabi 937

54 Mulané karebèn padha ana sajroning pepeteng kang anglim-puti nganti sawatara lawasé.

55 Apa padha ngira, manawa déning pitulung-Ingsun marang dhèwèké kang arupa bandha lan anak,

56 Iku Ingsun (banjur) angéng-galaké barang becik marang dhèwèké. Ora, dhèwèké ora ngrasa.

57 Sayekti, para kang padha angati-ati amarga saka wediné ing Pangérané,

58 Lan para kang padha angèstu marang timbalan-timbalaning Pa-ngérané,

59 Sarta para kang ora nyaku-thokaké apa-apa kalawan Pangé-rané,

60 Tuwin para kang padha amèwèhaké apa kang winèwèhaké (dumunung dana), sarta atiné padha geter déné masthi bakal padha bali marang Pangérané,

61 Iku padha gagancangan ing kabecikan sarta padha dhisik anggoné (éntuk) iku.

62 Lan Ingsun ora amerdi-merdi sawijining jiwa kajaba sakaku-watané, lan ing ngarsa-Ningsun ana kitab, kang ngandhakaké kalawan yakti, sarta dhèwèké ora padha kinaniaya.

63 Balik atiné kang padha banget katambuhan marang iki,

Ut. kabo-dhoan

Ut. welas

Ut. meksa

Page 184: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para angèstu Juz XVIII 938

sarta saliyané iku dhèwèké duwé panggawé, kang padha dilakoni.

64 Nganti samangsané Ingsun amatrapi dhèwèké kang padha angénak-énak uripé kalawan siksa, ing kono (banjur) padha sambat anjaluk tulung.

65 Aja sira sambat anjaluk tulung ing dina iki; sayekti, sakaIngsun, sira ora bakal pinaringan pitulung.

66 Temen, timbalan-timbalan-Ingsun wus diwacakaké marang sira, ananging sira tansah malè-ngos ambalik ing tungkakira.

67 Padha rerembugan prakara iku kalawan gumedhé; sira padha sumingkir adoh.

68 Lah apa ta dhèwèké padha ora angangen-angen marang dha-dhawuh, apa ta wus tumeka marang dhèwèké barang kang ora tumeka marang bapak-bapakné dhèk biyèn?

69 Apa ta padha ora weruh ma-rang Utusané, déné padha teka angemohi marang dhèwèké?

70 Utawa apa ta padha calathu: Dhèwèké kapanjingan dhemit? O, balik tekané marang dhèwèké kala-wan angemban kasunyatan, sarta kèh-kèhané dhèwèké iku marang kasunyatan padha gething.

71 Lan lamun kasunyatan iku manuta marang pépénginané kang asor, amasthi rusak langit-langit lan bumi sarta sadhéngah kang ana

Ut. sira ora bakal olèh pitulungan amanggula-ngi Ingsun

Ut. nyatur ala

Page 185: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 23 Lalampahanipun para Nabi 939

ing kono. Balik Ingsun anekakaké pépélingé marang dhèwèké, ana-nging padha méngo saka pépé-lingé.

72 Apa ta sira anjaluk pituwas marang dhèwèké? Lah pituwas saka Pangéranira iku luwih becik, lan Panjenengané iku Becik-beciké kang padha angrijekèni.

73 Lan sayekti sira iku temen angajak dhèwèké marang dadalan kang bener.

74 Lan sayekti, para kang padha ora angèstu ing akhirat, iku padha nyimpang saka ing dadalan.

75 Lan lamun Ingsun angruntuh-na wilasa marang dhèwèké sarta ambirata sangsara kang ana ing awaké, amasthi (banjur) andaluya ing dalem pambalasaré, mak-makan.

76 Lan sayekti temen Ingsun wus amatrapi dhèwèké kalawan siksa, ananging dhèwèké padha ora sumarah marang Pangérané sarta padha ora andhap asor.1724

77 Nganti samangsané Ingsun amengani lawanging siksa kang keras marang dhèwèké, satemah padha pedhot pangarep-arep ana ing kono.1725

1724. Pidana ingkang kasebutaken ing ayat punika, tuwin sangsara ingkang wonten ing ayat ingkang sampun kasebutaken manawi sampun kabirat, punika ambokrnanawi kémawon ingkang dipun karsakaken paceklik ingkang ngéngingi titiyang Makkah.

1725. Pidana ingkang ènthèng boten dipun alap kanggé pèpènget milanipun lajeng kadhawahan pidana ingkang langkung awrat. Punika andhawahi piyambakipun kalayan awujud peperangan-peperangan, wasana nagari Makkah ngantos bedhah.

Ut. kaluwi-han

Ut. kaluwi-han

Page 186: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para angèstu Juz XVIII 940

RUKU’ 5

Panembah-pangéran-kathah katampik piyambak

78-83. Para kafir angakeni, bilih Allah punika ingkang anitahaken sadaya kasaénan, ananging boten angakeni kiyamat. 84-89. Allah dipun akeni Pangéran Ingkang-Mahaluhur. 90-92. Pangakenan makaten punika andadosaken pejahipun manembah pangéran kathah.

78 Lan Panjenengané iku Kang andadèkaké pangrungu lan pan-deleng tuwin ati: sathithik sira kang padha atur panuwun.

79 Lan Panjenengané iku kang andadèkaké sira tangkar-tumang-kar ana ing bumi, sarta marang Panjenengané anggonira bakal di-impun.

80 Lan Panjenengané iku Kang aparing pati, sarta ana ing (astané) Panjenengané gilir-gumantining wengi lan raina iku; lah apa ta sira iku padha ora ngerti?

81 Balik dhèwèké padha calathu kaya calathuné para kuna:

82 Calathuné: Apa iya, manawa aku wis padha mati lan padha dadi lemah sarta balung, apa iya aku bakal padha ditangèkaké temenan?

83 Sayekti temen aku wis dijan-jèni iki, samono uga bapak-bapakku ing biyèn; iki ora liya kajaba mung dongèngané wong kuna-kuna.

84 Calathua: Darbèké sapa bumi iki dalah sadhéngah kang ana ing kono, manawa sira padha weruh?

85 Dhèwèké bakal padha cala-thu: Kagungané Allah. Calathua: Lah apa ta sira padha ora angangen-angen?

Ar. lan

Page 187: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 23 Panembah pangéran kathah 941

86 Calathua: Sapa Pangéraning langit pipitu lan Pangéraning Karaton kang Agung?a

87 Dhèwèké bakal padha cala-thu: Kagunganing Allah. Calathua: Lah apa ta sira ora bakal anjaga awakira (saka ing ala)?

88 Calathua: sapa kang karato-ning samubarang iku ana ing asta-Né, sarta Panjenengané iku Kang aparing pitulungan lan ora ana pitulungan tumrap marang Panje-nengané, manawa sira padha weruh?

89 Dhèwèké bakal padha cala-thu: (Iki) kagunganing Allah. Calathua: Lah saka ngendi olèhira padha keblinger?

90 Balik Ingsun wus anekakaké kasunyatan marang dhèwèké lan sayekti dhèwèké iku temen padha wong goroh.

91 Ora pisan Allah iku mundhut putra sarta ora pisan ana sesem-bahan kang anyartani Panjenenga-né – yèn mangkono, siji-sijining sesembahan rak masthi bakal anju-puk barang kang wus katitahaké, apa déné kang sawenèh masthi bakal anelukaké marang sawenèhé; Mahasuci Allah iku saka anggoné padha anyipati!

92 Ingkang angudanèni barang kang ora katon sarta kang katon, mulané Mahaluhur Panjenengané iku saka barang kang padha di-sakuthokaké (karo Panjenengané).

a. 895

Page 188: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para angèstu Juz XVIII 942

RUKU’ 6

Piduwungipun tiyang awon

93-95. Janji ingkang badhé kelampahan. 96. Awon dipun tulak sarana saé. 97, 98. Ngungsi dhateng Gusti Allah. 99-114. Piduwungipun tiyang awon. 115-118. Kawusananipun kedah dipun lampahi.

93 Munjuka: Dhuh Pangéran kawula! manawi Tuwan badhé anyumerepaken kawula dhateng barang ingkang dipun ancamaken dhateng piyambakipun:

94 Pangéran kawula! lah mugi kawula sampun Tuwan dadosaken éwonipun tiyang ingkang atindak dédé.

95 Lan sayekti, Ingsun iki temen kawasa anyumurupaké sira marang barang kang Ingsun ancamaké marang dhèwèké.1726

96 Sira anulaka ala kalawan kang luwih becik; Ingsun luwih nguningani marang sabarang ang-goné padha nyipati.1727

1726. Janji ingkang kaparingaken dhateng Kanjeng Nabi Suci wonten ing dalem ayat-ayat punika, inggih punika: panguwaosipun para ingkang sami nganiaya dhateng panjenenganipun mesthi badhé lebur ing salebeting jaman sugengipun.

1727. Nindakaken kasaénan minangka wawalesipun piawon, punika sampun umum dados piwulangipun sadaya nabi; dados boten ngemungaken piwulangipun Kanjeng Nabi Isa piyambak. Nanging wontena ing pundi kémawon, piwulang wau boten naté maujud dumugi ing tindak, tur ingkang kalayan adi-éndah, kados wontenipun ing dalem Quran. Déné kelampahanipun ingkang makaten punika namung margi kaéwahan tembungipun satembung. Awon winales saé, punika sagedipun tumindhak namung kalamangsa, liripun mawi angungak ing kawontenan. Sarta nadyan kados punapa kémawon pangalembana dhateng piwulangipun Injil, tiyang utawi umat ingkang cecepengan piwulang wau kanggé tuntunanipun, meksa boten saged mujudaken dumugi ing tindak awon winales saé tumrap sadaya prakawis. Malah sawenèh pandhèrèkipun Gusti Yesus ing jaman ingkang akhir-akhir punika, wonten ingkang lajeng nganggé lampah ingkang akosokwangsul, bokmanawi kémawon margi piwulang ingkang bagus mulus wau boten saged tumindak. Nanging dhawuhing Quran: Sira anulaka ala kalawan kang luwih becik. Awon, punika barang ingkang mesthi kedah dipuntulak. Awon, sanès barang ingkang kedah dipun pajeng-pajengaken. Nanging anggènipun nulak awon wau wonten pranatanipun ingkang kedah dipun tindakaken, inggih punika: kedah katulak kalayan ingkang langsung saé. Manawi tiyang punika saged nulak awon kalayan anindakaken kasaènan minangka wawalesipun, lah makaten wau pancèn ingkang langkung prayogi. Nanging manawi nulak awon punika perlu mawi pidana, ingkang nadyan pandhèrèkipun Gusti Yesus ingkang sakalangkung lembah-manah pisan mesthi inggih angakeni perlunipun midana awon, lah nandukaken pidana punika

Page 189: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 23 Piduwungipun tiyang awon 943

97 Sarta munjuka: Dhuh Pangé-ran kawula, kawula angungsi ing Tuwan saking bobolèhipun awon para sétan:1728

98 Saha kawula angungsi ing Tuwan, Dhuh Pangéran kawula, saking anggènipun sami anenggani kawula.

99 Nganti, samangsané pati ane-kani dhèwèké salah siji,1729 dhè-wèké calathu: Mugi kawula Tuwan wangsulaken,1730

inggih prayogi. Baku-bakuning sedya: nulak awon, caranipun nulak ing sasaged-saged kedah ingkang langkung saé manut kados pundi kawontenanipun. Pranatan ingkang kadhawuhaken wonten ngriki punika, pranatan ingkang mangka tuntunan tumrap sugengipun Kanjeng Nabi, sarta punika pranyata dados garnbaring panggalihanipun Kanjeng Nabi, ing kalanipun nandukaken wawales dhateng piawoning mengsah-mengsahipun.

1728. Bobolèhipun awon para sétan, punika tandhanipun bobolèhipun awon para titiyang duraka, ingkang sami nglawan kamajenganipun lslam. Ing ngriki Kanjeng Nabi dipun pangandikani bilih ngemungaken Allah ingkang kawasa mitulungi. Déné manawi dhawuh punika dipun suraos; mengku teges ingkang nyrambahi, meksa inggih boten wonten pakèwedipun, margi nyuwun reksa ing Pangéranmakaten kasaénan ingkang luhur piyambak. Wonten ing pundi kémawon tiyang boten gadhah pangungsèn ingkang langkung mitayani katimbang pangungsèn wonten ing Tuking sadaya kakiyatan, sarta boten wonten tiyang satunggal kémawon ingkang saged anggayuh kamulyan ingkang langkung luhur katimbang ngungsi dhateng Pangéran wau. Déné dhawuh dhateng Kanjeng Nabi supados angucapaken, punika menggah ing sajatos-jatosipun dados gambaring idham-idhaman gagayuhaning jiwanipun Kanjeng Nabi, inggih punika dereng ing karsa ingkang sakalangkung sanget ingkang lajeng tumut dados paugeran ingkang mangka tuntunan tumrap sugengipun. Jiwanipun Kanjeng Nabi dumunung wonten ing tataran ingkang luhur wau, ingkang sampun aman saking sawarnining bobolèhan-awon, inggih punika tataran ingkang katembungaken ngungsi ing Pangéran. Rèhning panjenenganipun punika sampun boten pasah sawarnining bobolèhan-awon, milanipun ing Quran boten wonten ingkang nyebutaken, bilih sétan naté damel bobolèhan-awon (anggodha) dhateng panjenenganipun, kados déné lekasipun pun sétan wau dhateng Yesus, kados andharanipun Injil Matteus 4: 1-10. Sampun boten wonten semang-semangipun malih, bilih inggih kados makaten wau godha warni tiga ingkang kausulaken sétan dhateng Gusti Yesus manut cariyosipun Matteus 4: 1-10 wau: “Sawusé mangkono Yesus kapurugaké roh menyang ing ara-ara samun, upaya anglampahi digodha iblis.” Déné bobolèhan-awon ingkang dipun usulaken dhateng Yesus wau, katerangaken wonten ing ayat-ayating Injil sambetipun ingkang sampun kasebutaken ing ngajeng wau. Sampun terang bilih godha warni tiga wau godha ingkang katiyupaken dhateng manah, nanging boten prabéda lan lekasipun titiyang tulus sanès-sanèsipun, Gusti Yesus nulak godha wau sadaya.

1729. Dhawuh punika saged anyethakaken, bilih sétan ingkang kasebutaken ing ayat kakalih ingkang sampun wau, boten sanès kajawi para mengsahipun Kanjeng Nabi ingkang sami duraka, déné bobolèhanipun awon, punika boten sanès inggih panganiayanipun ingkang sakalangkung wengis para titiyang wau dhateng Kangjeng Nabi Suci tuwin para pandhèrèkipun.

1730. Tembungipun ingkang asli mungel irji’un. Tembung agnya irjiû punika jama’ (kanggé kathah). Déné manawi kanggé munjuk dhateng Pangéran. kedahipun mufrad (tumuju tiyang satunggal), mungel: irdji’. Nanging ing basa Arab, jama’ punika kala-kala sok dipun anggé kanggé anedahaken tembung kriya mufrad rambah kaping kalih. Dados irji’un ing ngriki kaanggep sami kaliyan iraji’ni

Page 190: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para angèstu Juz XVIII 944

100 Manawi kawula saged ang-lampahi pandamel saé lintunipun ingkang kawula lirwakaken. Ora pisan-pisan! Iku rak (mung) tem-bung, kang diucapaké; ing sanga-repé ana papageré tumeka dinané kang ditangèkaké.1731

101 Mulané samangsa salom-prèt tiniyup,a lah ing dina iku bakal ora ana tatalining sanak ing anta-rané dhèwèké sarta ora bakal padha takon-tinakon.

102 Lan sapa sing panggawé-panggawéné becik abot timbanga-né, yaiku wong sing padha beja.1732

103 Lan sapa sing panggawé-panggawéné becik ènthèng timba-ngané, yaiku wong jiwané kapitu-nan, ing naraka panggonané.

104 Geni iku anggesengaké rai-rainé, sarta ing kono bakal padha banget anandhang cintraka.

rambah kaping kalih (Bd), mila kajarwakaken kados makaten wau. Tuladhanipun ukara ingkang makaten punika, ingkang sampun kalimrah pinanggih wonten ing kidung ingkang sampun misuwur, /

makaten: Lah ing ngriku tembung qifa (tembung agnya rimbag tatsniyah utawi kanggé tiyang kalih) punika mengku kajeng qif (tembung agnya rimbag mufrad) ambal kaping kalih.

1731. Tiyang pejah boten kongang wangsul gesang malih dhateng ngalam donya; piwulang ingkang makaten punika dipun kiyataken wonten ing dhawuh ngriku (mirsanana 1659). Miturut Quran Suci, manusa punika mesthi ngalami kawontenan gesang warni tiga, inggih punika: gesangipun wonten ing ngalam donya punika, gesang wonten ing ngalam barzakh’, tuwin cumethanipun saèstu sawarnining kawontenan ruhani, ingkang badhé kalampahan bénjing ing dinten kiyamat. Déné kawontenan barzakh,punika kawontenan utawi ngalam pantawis, jiwa ing sasampuning pejah sami gesang wonten ing ngalam barzakh ngriku ngantos dumuginipun kiyamat ageng. Lah ing ngriki kasebutaken kanthi dhawuh ingkang terang gamblang, bilih tiyang punika sarnangsa sampun medal saking kontening pejah lajeng lumebet dhateng ngalam barzakh wau boten wonten satunggal kémawon ingkang dipun parengaken wangsul dhateng alamipun lami ingkang sampun kapengker. Salajengipun kula aturi mirsani 2165.

1732. Mawâzin punika jama’ipun manzun, tegesipun barang ingkang dipun wawrat (Kf). Rèhning ingkang gadhah wawrat punika ngemungaken Pandamel sae kémawon, sarta ing rèhning tiyang ingkang atindak awon punika sampun kadhawuhaken bilih “Ingsun ora bakal ngedegaké traju tumrap dhèwèké bésuk ing dina kiyamat” (18: 105), milanipun tembung mawâzin ing ngriki punika dipun jarwani panggawé becik. Kula aturi misrani ugi 859 tuwin 1528.

Ut. ruh tini-yup ing cithakan-cithakan a. 869

Ar. trajuné

Ar. trajuné

Page 191: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 23 Piduwungipun tiyang awon 945

105 Apa ta timbalan-timbalan-Ingsun ora wus diwacakaké ma-rang sira? Ananging iku sira padha tansah anggorohaké.

106 Dhèwèké bakal padha mun-juk: Dhuh Pangéran kawula! cila-ka kawula anglud dhateng kawula saha kawula punika bangsa ing-kang sasar:

107 Dhuh, Pangéran kawula, mugi kawula Tuwan luwaraken saking ngriku; manawi kawula lajeng dhumawah (ing awon) malih, lah saèstu kawula punika sami tiyang atindak dédé.

108 Panjenengané bakal ngandi-ka: Padha minggata mlebua ing kono sarta padha aja munjuk marang Ingsun.1733

109 Sayekti, ana kawula-Ning-sun sapantha kang padha munjuk: Dhuh Pangéran kawula! kawula sami angèstu; mila mugi Tuwan aparing pangapunten ing kawula sarta aparing wilasa ing kawula, saha Tuwan punika Saé-saénipun para ingkang ambek wilasa;

110 Ananging iku padha sira anggep guguyon, nganti dhèwèké padha andadèkaké lalinira marang éling-ing-Ingsun, sarta tansah pa-dha sira guguyu:1734

1733. Tembung ikhsa’ punika kanggénipun kanggé anggusah segawon; milanipun tembung wau lajeng mengku teges nundhung kados déné anundhung tiyang ingkang nistha ina tuwin anggethingaken.

1734. Yektinipun sanès kok para angèstu ingkang murugaken para titiyang wau kesupèn boten émut ing Pangéranipun, nanging margi saking piyambakipun sami anggugujeng para angèstu, dadosipun para kafir wau lajeng sami kesupèn dhateng Pangéranipun. Awit saking punika mila ing ngriki kadhawuhaken, bilih ingkang nyababaken para kafir kesupèn dhateng Pangéranipun wau para angèstu.

Page 192: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para angèstu Juz XVIII 946

111 Sayekti, ing dina iki Ingsun angganjar dhèwèké marga anggoné padha sabar, déné dhèwèké iku para wong kang olèh kabegjan.

112 Panjenengané bakal ngan-dika: Pirang taun lawasé pamang-gonira ana ing bumi?

113 Dhèwèké bakal padha mun-juk: Pamanggèn kawula sadinten utawi sapéranganipun sadinten, ananging sumangga andangu dha-teng para juru-ngétangi.

114 Panjenengané bakal ngandi-ka: Pamanggonira mung sadhéla – lamun ta sira iku padha weruha.

115 Lah apa ta sira padha ngira, manawa anggon-Ingsun anitahaké sira iku muspra, sarta sira ora bakal padha dibalèkaké marang Ingsun?1735

116 Mulané, Mahaluhur Allah iku, Sajatining Ratu: ora ana sesembahan kajaba Panjenengané, Pangéraning karaton kang mi-nulya.a

117 Lan sapa sing kajaba Allahiya anguwuh sesembahan liya – dhèwèké ora duwé bukti tumrap prakara iku – lah pétungané mung ana ngarsané Pangérané piyambak; sayekti ora bakal begja para kafir iku.

118 Lan munjuka: Dhuh Pangé-ran kawula! mugi Tuwan aparing pangapunten sarta aparing wilasa, saha Tuwan punika Saé-saénipun para ingkang ambek wilasa.

1735. Kalayan cetha awéla-wéla ayat punika anetepaken piwulang, bilih manusa punika tanggel jawab tumrap pandamelipun. Tumitahipun manusa punika boten kok kalayan muspra, nanging badhé dipun impun wangsul dhateng Pangéranipun perlu nampèni wohing sabarang ingkang sampun katindakaken ing gesang punika.

Ar. sarta manawa

a. 895

Ut. sartané Ar. akanthi

Page 193: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

SURAT 24

AN-NUR

(Cahya)

KADHAWUHAKEN ING MADINAH

(9 ruku’, 64 ayat)

Pathinipun:

Ruku’ 1. Angger-angger tumrap lampah sèdhèng. Ruku’ 2. Tiyang ingkang sami ngamandaka angawon-awon Siti ‘Aisyah. Ruku’ 3. Tiyang ingkang sami ngamandaka angawon-awon tiyang èstri. Ruku’ 4. Tatanan minangka sarana pambirating lampah bandrèk sarta pangawon-awon. Ruku’ 5. Wewedharing kanyataanipun papadhanging Pangéran wonten ing Islam. Ruku’ 6. Wedharing kawasanipun Pangéran. Ruku’ 7. Jumenenging karatonipun Islam. Ruku’ 8. Kedahipun sami angajèni dhateng “wancinipun-miyambak” tiyang sanès. Ruku’ 9. Prakawis praja kedah dipun rumiyinaken tinimbang sadaya prakawis dhiri.

Namanipun:

“Cahya”, namanipun surat punika, punika mendhet saking pratélan ing ruku’ 5, ingkang anerangaken bilih Islam punika wedharing kanyataanipun papadhanging Pangéran ingkang sampurna piyambak, sarta sanépanipun kados déné cahya ingkang gumebyar sumunu anelahi, ingkang badhé nyunari Wétan lan Kilèn.

Gathuking suraosipun

Wahyu Makkiyah ingkang lalajengan urut-urutan, ingkang kawiwitan wiwit surat ingkang kaping sadasa, katingalipun sajak lajeng jugag déning kaselanan wahyu Madaniyah. Nanging para maos ingkang tutwingking dhateng nalar-nalar ingkang nedahaken lalajenganipun bab ingkang karembag tumrap wonten ing urut-urutaning surat kados wontenipun ing sapunika-punika, boten kénging boten mesthi ngyektosi sasambetanipun ingkang rapet golonganing surat-surat Makkiyah ingkang sampun kaliyan surat Madaniyah punika. Ingkang katuju ing karsa déning golongan ing surat-surat Makkiyah ingkang sampun, punika mratélakaken menangipun Islam ingkang wekasan. Kados déné ingkang sampun kapratélakaken wonten ing purwakaning surat ingkang sampun, ingkang karembag wonten ing dalem golonganing surat Makkiyah wiwit surat 17 dumugi surat 23, punika bab kaagungan saha kamenanganipun Islam ing wekdal ingkang badhé dhateng; awit saking punika murih mathukipun dipun sambeti ing surat, ingkang anjanjèkaken kalayan tetembungan ingkang cetha wéla-wéla badhé jumenenging karatonipun Islam. Jejering rembag ingkang baku wonten ing surat punika, punika sajatosipun sanès bab lampah sèdhèng (zina) lan sarananipun ambirat, nanging bab gelar yekti bilih papadhanging Islam punika cahya ingkang suci-murni ingkang mijil saking papadhanging Pangéran, boten badhé surem prabanipun ing salami-laminipun, sarta papadhangipun boten badhé winatesan ing Wétan utawi ing Kilèn, wangsul badhé madhangi kakalihipun (ayat 35), tuwin karatoning Islam badhé dipun jumenengaken ing salami-laminipun (ayat 55). Nanging rèhning jumenengipun karaton punika mahanani wontenipun sakéca lan mubra-mubru, ingkang tundhonipun nununtun dhateng piawon ing dalem babrayan kados déné lampah bandrèk lan ngamandaka ngawon-awon punapa punika, mangka punika piawon ingkang saged damel pituna ageng dhateng babrayan, milanipun bab prakawis wau

Page 194: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Cahya Juz XVIII 948

inggih karembag wonten ing ngriki, boten kelangkungan ugi tatanan ingkang sakinten kénging dipun anggé mekak piawon wau.

Ingkang kawarsitakaken

Surat punika kawiwitan kalayan pangandika ingkang nglepataken lampah bandrèk, awit nadyan lampah bandrèk punika wonten ing babrayan ingkang majeng ing jaman samangké boten patosa kaanggep awon, nanging tumrapipun kasusilan Islam lampah bandrèk punika piawon ingkang sakalangkung anggigilani piyambak. Kalayan mengku karsa dhawuh anggatosaken dhateng prakawis punika pranatan bab pidananipun tiyang jaler lan tiyang èstri ingkang alampah bandrèk punika kinanthenan ing dhawuh: Welas marang sakaroné iku aja nganti angunduraké pambangun-turutira ing Allah. Ing ruku’ punika ugi bagian ingkang magepokan kaliyan prakawis wau kasebutaken, kadosta pandalih palsu alampah sèdhèng dhateng tiyang èstri, sarta bab prakawis tiyang jaler ingkang yakin sémahipun alampah sèdhèng, nanging boten saged nerangaken buktinipun. Ruku’ ingkang kaping kalih mangandikakaken agenging dosanipun para titiyang ingkang ngamandaka ngawon-awon satunggaling pawèstri ingkang sakalangkung resik, inggih punika Siti ‘Aisyah, garwanipun Kanjeng Nabi. Punika lajeng dipun sambeti ing ruku’ sanès ingkang maringi pangapunten dhateng para titiyang ingkang sami ngamandaka ngawon-awon Siti ‘Aisyah sarta nglepataken para tukang ngawon-awon tiyang èstri umumipun. Ruku’ ingkang kaping sakawan mangandikakaken tatanan ingkang minangka sarana kanggé nyegah pandamel sèdhèng. Lajeng kasambetan malih ruku’ titiga ingkang mangandikakaken urubing papadhangipun Pangéran wonten ing karatoning Islam. Ruku’ ingkang kaping wolu anyebutaken malih bab ingkang karembag wonten ing ruku’-ruku’ ingkang wiwitan sarana andhawuhaken ngajèni dhateng “wancinipun-miyambak” tiyang sanès, ingkang kinten-kinten kémawon saged mekak lésan ingkang remen ngamandaka ngawon-awon. Ruku’ ingkang wekasan mulang supados ngajèni tatananipun Kanjeng Nabi, awit sadaya prakawis ingkang wigatos pancasanipun gumantung wonten ing panjenenganipun, sarta jalaran prakawis dhiri punika kedah boten dipun rumiyinaken ngungkuli prakawis praja.

Titimangsa tumurunipun

Sagemblengipun surat punika sampun umum ingakenan wahyu Madaniyah (AH), milanipun rékadayanipun juru merdéni (Quran) pihak Nasrani ingkang enggel piyambak mangké, ingkang mastani ayat 35-45 kagolong Makkiyah, tur tanpa mawi nyukani nalar-nalaripun anggènipun mastani makaten wau, punika boten perlu dipun gatosaken. Titimangsanipun ingkang trep tumurunipun sawenèh ayat-ayatipun surat punika, saged dipun tamtokaken kalayan yakin (yakining panginten-inten); kadosta ayat-ayat ingkang nyebutaken titiyang ingkang sami ngamandaka ngawon-awon dhateng Siti ‘Aisyah, punika anggènipun katurunaken nalika watawis let sawulan kaliyan wangsulipun prajurit ingkang kakintunaken dhateng Bani Musthaliq, ingkang kalampahanipun punika nalika wulan Sya’ban taun Hijrah kaping gangsal. Ayat-ayat nginggilipun caket, ingkang nyebutaken pidananipun lampah bandrèk, lan ayat-ayat ngandhapipun, ingkang mangandikakaken pandalih palsu lampah bandrèk dhateng tiyang èstri ingkang resik boten lepat, tuwin sarana ingkang kanggé ambirat ingkang kasebutaken ing ruku’ 4 lan ingkang kasebutaken ing ruku’ 8, punika sadaya sasambetan rapet kaliyan bab ingkang karembag wonten ing ruku’ 2, dados anggènipun katurunaken mesthi kirang langkung inggih nunggil jaman; déné ayat sanès-sanèsipun ing surat punika, rèhning inggih wonten sasambetanipun ingkang lebet kaliyan bab ingkang karembag ing ruku’-ruku’ ingkang kasebut ing nginggil wau sadaya milanipun inggih kedah kaanggep kagolong dhateng tahun Hijrah ingkang kaping gangsal. Awit saking punika kénging kakinten-kintenaken sanget bilih sagemblengipun surat punika katurunaken ing taun wau.

_____________

Page 195: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 24 Angger tumrap lampah sèdhèng 949

RUKU’ 1

Angger-angger tumrap alampah sèdhèng

1, 2. Pidana tumrap lampah sèdhèng. 3. Tiyang jaler sarta tiyang èstri sèdhèng kedah dipun singkiri wonten ing gesang babrayan. 4, 5. Pidananipun andakwa lampah sèdhèng ingkang boten nyata. 6-10. Andakwa sèdhèng dhateng tiyang èstri piyambak.

Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, Ingkang-Mahasih.

1 (Iki) surat kang Ingsun dhawuhaké sarta Ingsun wajibaké, apa déné ing sajroné kono Ingsun andhawuhaké timbalan-timbalan kang terang, supaya sira padha éling.

2 Wong wadon bandrèk lan wong lanang bandrèk, lah sakaroné iku siji-sijiné sira gitika satus rambahan, sarta welas marang sakaroné iku aja nganti angun-duraké pambangun-turutira ing Allah, manawa sira iku padha angèstu ing Allah lan ing dina akhir, apa déné para mukmin sagolongan aneksènana pamida-nané sakaroné.1736

1736. Ing babrayanipun gesang bangsa ingkang sampun majeng ing diaman samangké punika, kasucian punika boten kaanggep katulusan ingkang angka satunggal. Milanipun lampah bandrèk makaten boten kaanggep dosa kriminil (kadursilan), dalasan pandamel ngrisak pager ayu inggih boten patosa kaanggep dosa ageng, ingkang murugaken tiyang ingkang atindak dosa wau angsal pidana sanèsipun malih kajawi pidana kapurih bayar karugian dhateng lakinipun èstri ingkang dipun resahi. Satemenipun makaten punika panganggep ingkang asor sanget ing bab angger-anggering budipakerti ingkang magepokan kaliyan caranipun jaler lan èstri. Kawadhagan (materialism) sanget anggènipun nguwaosi pikiranipun bangsa ingkang sampun majeng wau, ngantos kasucian, inggih punika sosotya adi ingkang awis reginipun. ingkang dumunung wonten ing makuthaning katulusanipun tiyang èstri, saged dipun tebus mawi arta sawatawis rupiyah. Nerak papacuhing kapercayan ageng-agengan ingkang dados rereksanipun tiyang jaler utawi tiyang èstri, panerak ingkang saged adamel risakipun gotrah, ingkang saged adamel curnaning katentremanipun balégriya, sarta ingkang saged mahanani laré-laré ingkang boten kalepatan ing dosa kécalan biyungipun ingkang sakalangkung dipun tresnani boten dipun anggep prakawis ageng kados panganggepipun dhateng paneraking papacuhipun kapercayan ingkang tumrap babagan arta ingkang namung sawatawis rupiyah kathahipun. Mila tumrap tiyang Kilèn ingkang gumuluwèh, angger-anggeripun agami Islam punika sajakipun sakalangkung déning awrat.

Ar. gitikan

Page 196: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Cahya Juz XVIII 950

3 Wong lanang bandrèk ora bakal angrabi (sapa-sapa) kajaba wong wadon bandrèk utawa wong wadon musyrik, sarta wong wadon bandrèk ora liya kang angrabi dhè-wèké kajaba wong lanang bandrèk utawa wong lanang musyrik; lan iki dilarangi ingatasé para wong mukmin.1737

4 Lan para kang padha anarka wong wadon mardika, sabanjuré ora anekakaké saksi papat, lah padha sira gitika wolung puluh rambahan, sarta aja padha angang-gep pasaksiné salawasé; lan yaiku wong kang padha murang yakti.1738

5 Kajaba wong kang padha mratobat ing sawisé iku sarta laku becik; lah sayekti Allah iku Apara-marta, Mahaasih.

6 Lan para kang padha anarka rabiné sarta ora duwé saksi-saksi kajaba awaké dhéwé, lah iku pasaksiné siji-sijiné kudu (dijaluk) patang rambahan, anglahiraké pasaksi kalawan (asmaning) Allah yèn sayekti temen dhèwèké iku golongané para wong temen.1739

1737. Tiyang ingkang dosa zina, ayat punika kapatrapan paukuman sawarni panyertu (interdict).Kempal kaliyan tiyang ingkang kados makaten wau ingawisan; èstri palanyahan tuwin jaler ingkang karem lampah bandrèk, ingawisan boten kenging sésémahan wonten ing kalanganing babrayanipun kaum Muslimin ingkang saé. Punika satunggaling sarana ingkang mesthi saged nyirnakaken dosa zina, ngungkuli sarana sanès-sanèsipun.

1738. Punika sarana ingkang peng-pengan kanggé anyegah wontenipun fitnah ngamandaka (ngawon-awon) lan omong kosong (raosan lalawora) ingkang asring kémawon adamel cilakanipun tiyang èstri ingkang leresipun boten lepat. Andalih satunggaling tiyang èstri atindak zina, manawi tanpa pasaksèn ingkang kiyat – inggih punika pasaksènipun tiyang sakawan – tiyang ingkang andalih wau piyambak, ingkang kedah dipun patrapi pidana.

1739. Tatanan punika mranata prakawisipun tiyang jaler ingkang andakwa zina dhateng rabinipun piyambak, nanging boten gadhah bukti. Kula aturi mirsani lalampahan ingkang dipun riwayataken wonten ing Bkh. Tumrap prakawis ingkang kados makaten punika, karampunganipun: pegat. Ingkang jaler boten kapidana margi anggènipun andalih wau, sanajan ta piyambakipun punika boten gadhah saksi; ingkang èstri inggih boten kapatrapan pidananipun lampah bandrèk, manawi piyambakipun boten

Ar. gitikan

Page 197: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 24 Angawon-awon Siti ‘Aisyah 951

7 Sarta kang kaping limané muga bebenduning Allah tumibaa marang awaké, manawa awaké iku golongané para wong goroh.

8 Lan pidana bakal katulak saka si rabi, manawa si rabi ang-lahiraké pasaksi patang rambahan, anglahiraké pasaksi kalawan (as-maning) Allah, yèn sayekti temen si laki iku golonganing para wong goroh;

9 Lan kang kaping limané muga bebenduning Allah tumibaa marang awaké, manawa si laki golongané para wong temen.

10 Lan lamun ta ora ana lubèring paparingé Allah marang sira, samono uga wilasa-Né – lan Allah iku kang tansah bola-bali (wilasa-Né), Wicaksana!

RUKU’ 2

Tiyang ingkang sami angamandaka angawon-awon Siti ‘Aisyah

11 Sayekti para kang padha angamandaka iku sagolongan saka antaranira.1740 Iku aja sira kira ala tumrap marang sira; balik iku

angakeni pandalih wau secara ingkang sampun kasebutaken ing dhawuh ngriki. Kula aturi nandhing kaliyan Wilangan 5: 11-31.

1740. Lalampahan ingkang kasebutaken ing ruku’ punika, kalampahan nalika Kanjeng Nabi sakaliyan ingkang garwa Sayidatina’Aisyah, kundur saking anggènipun nglurugi perang titiyang Bani Musthaliq, nalika taun Hijrah ingkang kaping gangsal. Siti ‘Aisyah medal dhateng pakiwan, sareng wangsul saweg uninga manawi agemipun kalung ical; panjenenganipun lajeng wangsul angupadosi. Nalika punika peteng ndhedhet; nalika panjenenganipun wangsul angupadosi kalung wau, para pandhèrèkipun nginten manawi panjenenganipun sampun wonten ing howdah-ipun, milanipun lajeng sami bidhal. Sareng panjenenganipun wangsul saking anggènipun ngupadosi kalung pinanggih unta titihanipun lan titiyang kathah sampun sami bidhal, panjenenganipun lajeng lenggah wonten ing ngriku, salajengipun kundur dhateng Madinah kadhèrèkaken Sofwan, ingkang lumampah kantun. Para titiyang ingkang remen damel wisuna saking antawisipun para lamis lajeng sami nyebar pawartos doracara, ngawon-awon dhateng Siti ‘Aisyah. Sawenèh tiyang Muslimin piyambak inggih wonten ingkang tumut-tumut ngraosi awon wau. Ing wasana kasucianipun Siti ’Aisyah katetepaken wahyu punika, déné para ingkang sami tumut andalih sami dipun pidana. Lah inggih punika siksa ingkang ageng ingkang kasebutaken ing wekasaning ayat punika.

Ar. yèn

Ar. dhèwèké Ar. dhèwèké

Ar. dhèwèké

Ar. yènAr. dhèwèké

Ar. tekakalawan pangaman-daka

Page 198: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Cahya Juz XVIII 952

becik tumrap marang sira. Dhè-wèké siji-sijiné, bakal padha olèh dosa-dosané apa kang wis dilakoni;wondéné kang dadi bénggolé, iku bakal olèh siksa kang gedhé.1741

12 Yagéné, nalikané sira ngru-ngu iku, para mukmin lanang lan para mukmin wadon ora (banjur baé) nyana becik marang golo-ngané dhéwé, lan padha calathu: iki tétéla pangamandaka.1742

13 Yagéné dhèwèké padha ora anekakaké saksi ingatasé prakara iki? Lah sarèhning padha ora anekakaké saksi-saksi, mulané dhèwèké iku tumrapé Allah padha wong goroh.1743

14 Lan yèn ta ora anaa lubèring paparingé Allah sarta wilasa-Né marang sira ing donya lan akhirat, amasthi siksa kang gedhé bakal angenani sira amarga saka ang-gonira padha nyatur ing prakara iku.

1741. Kacariyos ingkang dados benggol punika Abdullah bin Ubay bin Salul, gembongipun para munafèk (Bkh), awit piyambakipun punika ingkang damel-damel gogorohan sarta ingkang nyebar-nyebaraken pawartos doracara wau. Nanging manut hadits sanèsipun malih, ingkang dados benggol wau Hassan bin Sabit, juru-kidung, ingkang nalika sepuhipun lajeng dados wuta; lah inggih punika siksa ageng ingkang kadhawuhaken ing ngriki (Bkh).

1742. Boten wonten saksi satunggal-satunggala lan boten wonten kawontenan punapa, ingkang kénging kanggé angiyataken pawartos dora wau.

1743. Wonten ing dalem Islam, pidananipun lampah sèdhèng punika awrat sanget, milanipun kanggé netepaken lepatipun tiyang, kedah wonten pasaksi sakawan. Kula aturi mirsani ayat 4. Satunggaling tukang merdéni Quran golongan Nasrani mastani bilih pranataning angger-angger punika lugu namung mengku kajeng badhé kanggé nutupi awonipun Siti ‘Aisyah. Pranyata punika serangan ingkang nistha dhateng katulusanipun Kanjeng Nabi. Sadaya hadits sarujuk sami anerangaken, bilih fitnah dhateng Siti ‘Aisyah wau babar pisan atanpa waton. Saboten-botenipun sampun genah, bilih prakawisipun Siti ‘Aisyah wau boten wonten saksinipun satunggal-tunggala. Lah manawi makaten, punapa perlunipun déné Kanjeng Nabi ndadak mundhut saksi sakawan? Manawi punika mengku maksud badhé kanggé nutupi Siti ‘Aisyah, mundhut saksi satunggal kémawon rak malah langkung nyamleng. Nanging menggah ing sajatosipun rèhning dosa nerak wawalering kasucian Quran kaanggep dosa ageng, mila karsanipun Quran, nyebar-nyebaraken pawartos ingkang mitunani ing kasucianipun tiyang èstri, punika boten dipun kaparengaken sanget, kajawi ta manawi adhadhasar pasaksèn ingkang kiyat. Awit saking punika, mila nadyan pandalih ingkang sapélé pisan, janji gagayutan kaliyan pandalih èstri lan pangiwa, kedah wonten saksinipun sakawan. Kula aturi mirsani 4: 15, ingkang sampun dipun

Ar. dipako-lih

Page 199: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 24 Ngawon-awon tiyang èstri 953

15 Nalikané sira anampani pra-kara iku kalawan lisanira, sarta angucapaké kalawan cangkemira barang kang sira ora duwé ka-wruhé, tuwin sira padha ngira iku prakara sapélé, kang mangka tumrapé Allah (prakara) gedhé.

16 Lan yagéné nalika sira padha krungu prakara iku ora padha ngu-cap: ora pantes tumrapé iku yèn gunemana prakara iki; Mahasuci Tuwan punika! punika pangaman-daka ingkang ageng?

17 Allah amituturi sira, aja padha angambali papadhané iku sala-wasé, manawa sira iku padha wong mukmin.

18 Lan Allah iku anerangaké timbalan-timbalan-É marang sira; sarta Allah iku Udani, Wicaksana.

19 Sayekti, para wong kang padha dhemen marang warataning warta pangala-ala tumrap para kang padha iman, iku bakal olèh siksa kang lara ana ing donya lan akhirat; lan Allah iku anguningani, sarta sira iku padha ora weruh.

20 Lan lamun ta ora ana lubèring kamurahaning Allah sarta wilasa-Né marang sira, lan Allah iku Tresna, Mahaasih.*

RUKU’ 3

Tiyang ingkang sami angamandaka angawon-awon tiyang èstri

21, 22. Ingkang ngawon-awon Siti ‘Aisyah dipun apunten. 23-26. Ingkang angawon-awon tiyang èstri dipun ukum.

*akeni bilih tumurunipun sampun langkung rumiyin. Punika anedahaken, sapinten genging anggènipun Islam ngaosi dhateng katulusanipun tiyang èstri.

Ar. lan

Page 200: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Cahya Juz XVIII 954

21 É, para kang padha angèstu! Aja padha manut dadalaning sétan; lan sapa sing miturut dadalaning sétan, lah sayekti dhèwèké iku aparéntah marang laku asor lan laku ala; lan lamun ta ora anaa lubèring kamurahaning Allah sarta wilasa-Né marang sira, sira sala-wasé ora bakal ana siji-sijia sing suci, ananging Allah anucèkaké sapa sing dadi kepareng-É; lan Allah iku Miyarsa, Udani.1744

22 Lan sira kang padha kasinu-ngan lubèring kamurahan sarta kaombèran aja prasapa ora bakal wèwèh marang krabat lan para miskin sarta para kang mlayu ingdadalaning Allah, sarta becik padha ngapuraa tuwin dipadha momot. Apa ta sira ora dhemen yèn Allah iku angapura marang sira lan Allah iku Aparamarta, Mahaasih.1745

23 Sayekti, para kang padha andalih sèdhèng marang para wong wadon mukmin kang kareksa kang ora anggagas (laku ala), iku ana ing donya lan akhirat padha dila’nati sarta padha olèh siksa kang gedhé.1746

1744. Dhawuh punika anedahaken, bilih para sahabatipun Kanjeng Nabi Suci punika sinucèkaken saking dosa awit saking nugraha utawi lubèring kamurahanipun Allah, kapintonaken lumantar Nabi-Nipun.

1745. Punika dhawuh ingkang sakalangkung wigatos. Adhadhasar hadits ingkang kénging pinitados sanget, para mufasir sami sarujuk amastani, bilih tumurunipun ayat punika gagayutan kaliyan tindakipun Bagéndha Abu Bakar, awit panjenenganipun wau prasapa boten badhé nyukani papancèn tedha dhateng salah satunggaling krabatipun ingkang nama Misthah jalaran piyambakipun punika tumut-tumut nyebaraken pawartos dora ing bab Siti ‘Aisyah (Bkh). Sapisan, dhawuh punika anedahaken momoting penggalihipun Kanjeng Nabi, inggih punika: ing sasampunipun matrapaken pidana manut panataning angger-angger hukum dhateng tiyang ingkang dosa, panjenenganipun kaawisan boten kénging ngendhem cipta awon dhateng piyambakipun, sarta dalasan dhateng tiyang ingkang ngawon-awon garwanipun pisan, panjenenganipun boten kénging ngendhem panggalih sereng. Dalasan para sahabatipun ugi kadhawuhan déning dhawuh punika, supados sami nyaèni saha ngapunten

1746. Mirsanana kaca candhakipun.

Ut. ngili

Ut. jembar sagarané Ut. nglumu-hi, muwung

Page 201: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 24 Tatanan minangka sarana 955

24 Ing dinané lisan-lisané lan tangan-tangané sarta sikil-sikilé padha neksèni angrubuhi dhèwèkè ing barang kang padha dilakoni.1747

25 Ing dina iku Allah bakal aparing liliru ganep kalawan apa beneré marang dhèwèké sarta dhè-wèké bakal padha weruh, manawa Allah iku Kasunyatan kang tétéla.

26 Jejember iku tumrap para si jember, sarta para si jember iku tumrap jejember, lan barang-barang apik iku tumrap para si apik sarta para si apik tumrap barang-barang sing apik; iki adoh saka apa kang padha diucapaké; bakal padha olèh pangapura sarta rijeki kang minul-ya.1748

RUKU’ 4

Tatanan minangka pambirating lampah bandrèk sarta pangawon-awon

27-29. Boten kénging malebet ing griya tanpa idin. 30, 31. Lalayanan ingkang kareksa antawisipun jaler lan èstri. 32. Sesémahan punika langkung pinilih tinimbang tanpa sisihan. 33, 34. Amegeng dhiri, manawi boten saged sémah.

dhateng para titiyang wau. Kaping kalihipun, dhawuh punika mangandikakaken Bagéndha Abu Bakar, nadyan boten nyebutaken asmanipun, nanging kalayan dhawuh ingkang mungel: wong kang kasinungan lubèring kamurahan sarta kaombèran; ingkang dipun karsakaken kasinungan lubèring kamurahan punika luhuring bubudèn tuwin ruhaniyahipun Bagéndha Abu Bakar, déné kaombèran punika kasugihanipun Bagéndha Abu Bakar.

1746. Punika tumuju dhateng para-titiyang ingkang kalajeng-lajeng nyebar-nyebaraken pawartos awon ing babagan tiyang èstri ingkang suci, inggih punika para tukang-anggedobrol wonten ing sadhéngah babrayan. Prayogi dipun pèngeti, kados déné ingkang kacetha wonten ing ayat ingkang sampun, para ingkang sami ngawon-awon Siti ‘Aisyah punika sami dipun apunten dosanipun.

1747. Pasaksinipun anggotaning badan, punika tarkadhang wonten ing gesang sapunika punika ugi sampun aneksèni lumawan para ingkang sami atindak awon, inggih punika maujud wohing awon ingkang sampun katindakaken. Ing dinten kiyamat, wohing pandamel awon punika badhé maujud cetha awewèntèhan. Ingkang makaten punika ugi kapratélakaken wonten ing ayat candhakipun, ingkang mangandikakaken bab paparingipun Pangéran wawales ingkang jangkep langkep kalayan punapa mesthinipun, sarta inggih kados makaten wau anggènipun dipun seksèni pandamel awon ingkang sampun katindakaken. Piwulang bab kiyamat ingkang samanten luhuripun, punika dèrèng naté wonten nalika jaman sadèrèngipun Quran Suci tumurun.

1748. Maksudipun dhawuh punika sadaya kapratélakaken wonten ing wekasaning dhawuh, inggih punika: boten wonten jejember satunggal punapa ingkang saged katumrapaken dhateng titiyang saé, sarta para-saé wau sami suci saking sawarnining barang ingkang kaucapaken déning para jember.

Ar. ingatasé

Ut. wawales

Ar. Allah, Panjenenga-né

Ut. resik Ut. lebaran

Page 202: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Cahya Juz XVIII 956

27 É, para kang padha angèstu! aja padha lumebu ing omah kang dudu omahira, (sarantèkna) tumeka panjalukira idin sarta anggonira uluk salam marang kang manggon ing kono; mangkono iku luwih becik tumrapé sira, supaya sira padha élinga.1749

28 Nanging manawa sira ora katemu wong siji-sijia ing kono, iya aja sira lumebu mrono, (saran-tèkna) nganti sira dililani. Lah manawa sira dicalathoni: Balia, iya padha balia; iki luwih suci tumrapé sira; lah Allah iku Udani marang apa kang padha sira lakoni.

29 Ora dosa ingatasé sira mana-wa sira lumebua ing omah kang dudu omah dienggoni, kang kowé duwé kebutuhan ana ing kono; lan Allah iku angudanèni apa kang padha sira eblak lan apa kang padha sira singidaké.

30 Calathua marang para muk-min lanang padha tumungkula pandelengé sarta padha rumeksaa kawirangané; mangkono iku luwih suci tumrap dhèwèké; sayekti Allah iku waspada marang apa kang padha dilakoni.1750

1749. Titiyang Arab manawi lumebet griya tanpa mawi nedha idin (Rz). Tatacara ingkang murang-tata punika dipun sirnakaken. Wondéné pranatan ingkang kawahyokaken wonten ing ayat punika, masang tatales ingkang mangka dhadhasaring katentreman miwah kaamananipun balé griya, ingkang perlu sanget kanggé nukulaken bebrayan ingkang langkung majeng. Pranatan punika pratandha ingkang cetha, bilih titiyangipun èstri kaum Muslimin punika tumrap kaum Muslimin dados amanat (titipan) ingkang ageng temenan. Kajawi punika ugi minangka sarana ambrasta pangawon-awon.

1750. Titiyang jaler kadhawuhan nungkulaken paningalipun; wonten ing ayat candhakipun, titiyang èsrtri inggih kadhawuhan nungkulaken paningalipun. Maksud wontenipun dhawuh punika, minangka kanggé sarana arnbrasta piawon ingkang saged angrisakaken sawarnining sasrawunganipun babrayan ingkang suci, inggih punika lampah zina. Quran boten namung nyegah piawon kémawon,, nanging inggih ugi nedahaken marginipun, ingkang manawi tiyang purun lumampah wonten ing ngriku mesthi saged nebihi piawon wau. Salajengipun, nitik suraosipun dhawuh punika, tétéla manawi titiyang ètri punika manawi perlu kekésahan boten dipun watesi awit saupami ingawisan babar pisan tiyang èstri boten kénging medal saking griyanipun yekti tiyang jaler boten kadhawuhan nungkulaken paningal-

Page 203: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 24 Tatanan minangka sarana 957

31 Lan calathua marang para mukmin wadon padha tumungkula pandelengé sarta padha rumeksaa kawirangané, lan aja padha anga-tonaké papaèsé kajaba apa kang adhakan pratéla;1751 lan anganggoa

ipun. Menggahing sajatos-jatosipun ingkang kadhawuhaken Quran Suci punika, tiyang jaler lan tiyang èstri sami déné kedah nungkulaken paningalipun, murih manawi kapapag satunggal lan satungalipun, tiyang jaler boten lajeng mandeng dhateng tiyang èstri, makaten ugi tiyang èstri inggih boten lajeng mandeng dhateng tiyang jaler. Wonten ing babrayan ingkang tiyangipun èstri boten naté ngatingal wonten ing antawisipun tiyang kathah, dhawuh ingkang maréntahaken tiyang jaler kedah nungkulaken paningalipun, punika atanpa teges. Makaten ugi dhawuh saminipun punika, ingkang kadhawahaken dhateng titiyang èstri wonten ing ayat candhakipun, manawi tiyang èstri punika boten naté medal saking griyanipun, mesthi inggih atanpa paédah. Déné bab prakawis wates-watesipun pardah utawi kukudhung, katerangaken wonten ing katerangan candhakipun lan ugi katerangaken wonten ing 1989.

1751. Kanggé rumeksa sasambetaning tiyang jaler lan tiyang èstri, tuwin kanggé mekak srawunganipun jalu lan wanita ingkang sakalangkung mardika sanget, sapunika Quran maringi dhawuh sanèsipun malih minangka wewahaning dhawuh ingkang maréntahaken jaler lan èstri sami déné kedah nungkulaken paningalipun. Dhawuh ingkang sapérangan nyrambahi dhateng golongan kakalih inggih punika: kakalihipun kedah sami nungkulaken paningalipun, sarta kakalihipun kedah sami rumeksa dhateng nguratipun. Nanging tumrap tiyang èstri wonten pranatan sanès malih sawatawis ingkang kedah katindakaken. Déné dhawuh ingkang mligi magepokan kaliyan tiyang èstri, inggih punika: nyingidaken papaèsipun. Punapa tegesipun zinah utawi papaes punika, wonten pamanggih ingkang béda-béda. Miturut sawenèh ngulami, kaéndahaning badan punika kagolong zinah; miturut ngulami sanès-sanèsipun malih, ingkang kagolong zinah punika ngemungaken papaès lan rerenggan lahir kéma-won (Rz). Péranganipun ayat ingkang wekasan mungel makaten: lan aja padha anggedrugake sikilé mamrih diweruhano papaès kang sumamar; ing ngriku ugi ngagem tembung zinah; lah punika kalayan terang ngiyataken pamanggih ingkang angka kalih wau, awit papaès ingkang saged kasumerepan sarana anggedrugaken suku, punika ngemungaken papaès lahir kémawon.Éwadéné sanadyan nganggé pamanggihipun para ngulami ingkang mastani kaéndahaning badan kagolong ing tegesipun tembung zinah, meksa kéngang-kénging kémawon tiyang èstri boten anutupi tangan lan rainipun (Rz) jalaran punika sampun kaiden ing dhawuh: kajaba apa kang adhakan pratéla; kajawi punika ugi mokal sagedipun, tiyang èstri tumandang ing damel punapa kémawon, manawi tangan lan rai wau kedah dipun tutupi. Déné péranganing badan sanès-sanèsipun dalah papaès ingkang wonten ing ngriku sami ugi punapa ingkang awujud panganggé ingkang singset punapa rerenggan mas salaka, kedah kasingidan sarana dipun tutupi kukudung tutup sirah ingkang nglawèr apanjang, utawi sarana manganggé /

panganggé sawarni rukuh upaminipun. Miturut Ks ingkang tegesipun wantah kajabapérangané iku kang katon, punika ateges jawinipun: kajaba kang adaté lan mesthiné ora ditutupi. Adat kalimrahanipun babarayan ingkang béda-béda, masthi kémawon kénging éwah gingsir, pranatan sawarni boten saged katetepaken kanggé sadayanipun. Manawi miturut Qaffal, tegsipun dhawuh wau makaten:

jawinipun: kajaba kang adaté dikatonaké déning wong, déné tumrap wong wadon, kong mangkono iku rai lan tangane loro (Rz}. Dados tiyang èstri makaten manawi medal ing jawi kedah manganggé panganggé ing njawi ingkang ngrukubi awakipun, utawi panganggé sawarni rukuh, déné rai lan tangan kénging boten dipun tutupi. Ngliga péranganing badan kados déné githok, dhadha, utawi lengen, punika boten kénging, makaten ugi ngatingalaken rerenggan inggih boten kénging, sami kémawon punapa rerenggan wau awujud papaès punapa awujud panganggé. Ngliga papaès punika namung dipun parengaken manawi wonten ing sangajengipun sawenèh krabatipun tuwin para warganing balégriya ingkang kaprinci-princi wonten ing ayat punika.

Ut. (awak) papaèsé

Page 204: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Cahya Juz XVIII 958

makenané nglembrèh tekan dha-dhané,1751A sarta aja ngatonaké papaèsé kajaba marang lakiné, utawa bapak-bapakné, utawa ba-pak-bapaking lakiné, utawa anak-anaké lanang, utawa anak-anaké lanang lakiné, utawa saduluré lanang, utawa anak-anaké lanang sadulur-saduluré lanang, utawa anak-anaké lanang sadulur-sadu-luré wadon, utawa wong-wongé wadon, utawa kang kadarbé ing tangané tengen,1752 utawa batur-batur lanang kang ora butuh (wadon), utawa bocah-bocah kang durung mangerti marang wawadi-ning wong wadon; lan aja padha anggedrugaké sikilé perlu meruh-aké papaèsé kang sumamar; lan padha tobata maring Allah, kabèh baé, é, para mukmin! supaya sira padha begja.

32 Lan padha anjodhokna sira kang padha legan, sarta batur-baturira lanang tuwin batur-batur-ira wadon kang padha becik; ma-nawa dhèwèké padha kacingkra-ngan, Allah bakal anyukupi ka-cingkrangané dhèwèké saka lubèr-ing kamura-han-É; lan Allah iku Jembar-paparingé, Angudanèni.1753

1751A. Sampun kula terangaken kados pundi maksudipun nganggé mekena (tutup sirah) nglèmbrèh nutupi dhadha punika. Tutup sirah kados déné ingkang dipun anggé para èstri ing tanah wétan, punika nutupi lengen, githok, tuwin jaja, makaten ugi nutupi papaès-papaès ingkang wonten ing talingan utawi ing gulu utawi ing dhadha. Lah inggih nutupi péranganing badan punika, ingkang kadhawuhaken ing ngriki kalayan dhawuh wewahan tekan dhadhané wau.

1752. Wong-wongé wadon kalebet ingkang dipun kejawèkaken ing ngriki, punika anedahaken. bilih tiyang èstri makaten kedahipun sampun. ngantos mardika sanget-sanget srawung kaliyan sadhéngah tiyang èstri, jalaran guguletan ing antawisipun tiyang èstri piyambak, janji boten mawi pilih-pilih, punika ugi dados tuking awon. utawi kang kadarbé ing tangané tengen punika kawula réncang tumbasan, awit réncang tumbasan punika kaanggep warganing gotrah.

1753. Quran Suci nganggep sésémahan punika kawontenan ingkang sawantahipun (normal), mila-nipun Quran Suci andhawuhaken, ing sasaged-saged tiyang ingkang legan punika samia sésémahan. Makaten ugi Quran Suci inggih angarsakaken, supados réncang-tumbasan jaler lan èstri, punika inggih

Ut. mamrih diweruhana Ut. (awak) papaèsé

Page 205: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 24 Tatanan minangka sarana 959

33 Lan para kang padha ora éntuk sisihan padha rumeksaa marang kasucianing uripé, nganti Allah anyukupi kacingkrangané dhèwèké saka lubèring kamura-han-É.1754 Wondéné sawenèhé para kang kadarbé ing tanganira tengen, kang padha anjaluk tulis, lah padha wènèhana tulis, manawa sira we-ruh dhèwèké iku padha ana beciké, sarta padha wènèhana bandhaning Allah, kang kaparingaké marang sira;1755 lan aja sira meksa batur-batur tukonira wadon alaku ngiwa,

samia dipun émah-émahaken. Ngingah selir utawi ngingah laré èstri réncang-tumbasan ingkang boten kapendhet sémah punika terang sulaya kaliyan dhawuh punika. “Sebagai” agami Islam boten angrujuki lampah wadhat, wangsul nganggep dados tiyang sepuh (gadhah-anak) punika dados kawajibanipun sadhéngah tiyang. Ing antawising babrayanipun bangsa-bangsa ingkang sampun majeng ing jaman samangké punika, kathah tiyang ingkang boten purun nyangkul tanggelan-tanggelanipun dados tiyang sepuh, ingkang kanggé pawadan dupèh dèrèng kacekap sarananipun kanggé angopèni gotrah (anak-sémah). Quran anyirnakaken pawadan ingkang palsu punika kalayan sabda pangandika ingkang pasadya, makaten: Manawa dhèwèké padha kacingkrangan, Allah bakal anyukupi kacingkrangané dhèwèké saka lubèring kamurahan-É.

1754. Dados sésémahan makaten dados tatanan ingkang wajib wonten ing dalem Islam; ingkang kaluwaraken saking tatanan punika, ngemungaken tiyang ingkang boten angsal sisihan kémawon, utawi tiyang ingkang kakirangan sarana kanggé sésémahan. Dhawuh punika boten namung nyirnakaken watak kesèd kémawon, nanging kapara malah nanggel saéning budipakartinipun babrayan. Lah ing bab prakawis punika, ugi kacihna agami Islam punika dados nugraha tumrap ngalam sadaya. Ing Islam boten wonten palilah ingkang ngapsahaken prasetya wadat.

1755 Tembung kitâb, ingkang dipun jarwani tulis, kados ingkang kagem wonten ing ngriki punika, minangka dados gantosipun tembung makâtabah, inggih punika isim masdar-ipun tembung katâba,tegesipun: dhèwèké (réncang-tumbasan) gawé layang prajanjian kang katulis (utawi sanèsipun) karo dhèwèké (bandara), aprajanji yèn dhèwèké (réncang-tumbasan) saguh bayar cacah kang tinamtuminangka regané awaké, sarta manawa cacah mau wis kabayar dhèwèké dadi mardika (Q-LL). Sarta ugi ateges dhèwèké (bandara) gawé prajanji kang mangkono iku karo dhèwèké (réncangipun tumbasan). Miturut Rz, mila winastan kitab (utawi seratan) amargi kalayan prajanjian wau pun bandara nancang ing wajib dhateng awakipun piyambak, déné arta wau kabayaraken kaliyan nicil, kaping kalih utawi langkung. Dados sawarnining kalonggaran ingkang sakinten mayar katindakaken dipun wonteni, murih pun réncang-tumbasan saged nebus kamardikanipun. Sanajan nalika jaman sadèrèngipun agami Islam lahir bandara damel prajanji kados makaten wau sampun tumindhak, suprandéné pambangunan ingkang nama wigatos punika Islam ingkang ngawontenaken, ngantos manawi pun réncang-tumbasan nedha dipun damelaken prajanjian ingkang kados makaten wau, pun bandara boten kénging suwala. Kalih welas abad kapengker ing sadèrèngipun wonten tiyang utawi umat ingkang macak ing hukum badhé mardikakaken kawula réncang-tumbasan, satunggaling tiyang ingkang dudunung wonten ing saganten wedhi sampun yasa tatanan ingkang adiluhung wau; manawi réncang-tumbasan nedha serat kamardikan, tiyang ingkang gadhah réncang-tumbasan wau kedah nyukani serat wau, malah boten namung kandheg samanten kémawon, nanging dalasan ingkang kanggé nebus kamardikanipun wau kedah dipun sudhiyani, tur boten mawi janji punapa-punapa kajawi manawa weruh dhèwèké iku padha ana beciké, liripun manawi piyambakipun punika saged nyambut damel sarta saged ngupados panggesangan piyambak. Punapa ing jagad punika wonten panuntuning agami sanèsipun malih,

Page 206: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Cahya Juz XVIII 960

karana mamrih barang ora lang-geng ing kauripan donya, manawa dhèwèké padha arep urip suci; lan sapa sing meksa dhèwèké, lah sayekti Allah iku, ing sawisé pamaksané marang dhèwèké, Apa-ramarta, Mahaasih.1756

34 Lan sayekti, temen Ingsun wus anurunaké marang sira tim-balan-timbalan kang cetha sarta kupiya saka para kang wus padha kaliwat ing sadurungira, apa déné pitutur tumrap para kang rumeksa dhiriné (saka ing ala).

RUKU’ 5

Wewedharing kanyataanipun Papadhanging Pangéran wonten ing Islam

35-38. Sampurnaning papadhangipun Pangéran wonten ing Islam. 39. Panglawan dhateng kasunyatan punika suka pangajeng-ajeng muspra, kados pepethan amun-amun. 40. Kakafiran punika sasaminipun kados pepeteng.

35 Allah iku papadhanging langit-langit lan bumi; sanépané papadhang-É kaya déné cagakkang ing dhuwuré ana damaré; damar iku ana ing sajroning gedhah, gedhahé iku kaya déné lintang kang gumebyar, diurubaké saka wit zaitun kang binarkahan, ora Wétanan lan ora Kulonan, kaya-kaya lengané iku amadhangi sanajan ora kagepok ing geni – cahya sadhuwuring cahya. Allah iku anuntun marang papadhang-É

ingkang masang angger-angger ingkang kados makaten wau kanggé mardikakaken réncang-tumbasan? Kajawi punika, kados déné ingkang kasebutaken ing 9: 60, nagari ugi katetep ing wajib nanjakaken sabagean saking arta zakat kanggé kaperluan punika.

1756. Dipun riwayataken bilih Abdullah bin Ubay, panuntunipun tiyang munafik ngingah lare èstri réncang-tumbasan nenem kanggé palanyahan (Rz). Tindak makaten punika ingkang wontenipun ing tanah Arab nalika jaman sadèrèngipun lahir agami Islam sajak sampun kalimrah, wonten ing dhawuh ngriki dipun lepataken sanget. Nanging mamala la’natipun babrayan ingkang adamel risak punika. inggih punika palanyahan, punika wonten ing saindhenging nagari-nagari Nasrani anggigilani sanget waradinipun, sarta kathah kémawon nagari-nagari ing Éropah ingkang ngapsahaken (nganggep apsah) palanyahan wau margi dipun anggep awon ingkang perlu wontenipun (necessary evel aliyasnoodzakelijk kwaad), sarta ing nagari sanès-sanèsipun malih, palanyahan wau kalayan ngeblak dipun umbar kémawon, liripun boten dipun awisi.

Ut. calowo-kané tém-bok, ........... Jeroné

Page 207: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 24 Papadhanging Pangéran 961

sapa kang dadi kapareng-É, sarta Allah iku adamel sanépa-sanépa tumrap para manusa, lan Allah iku marang samubarang Anguda-nèni;1757

36 Ing sajroning omah-omah, kang dikeparengaké déning Allah supaya linuhurna lan supaya ing kono asmané Panjenengané si-nebut-sebuta;1758 ana ing kono Mahasucèkaké marang Panjene-ngané ing wayah ésuk lan soré,

37 Wong-wong, kang dadaga-ngan sarta dodolan ora bisa angé-guhaké atiné saka éling marang Allah sarta anjumenengaké salat

1757. Nur, utawi papadhang, punika ingkang amedharaken barang-barang ingkang sumingid. Wondéné mila ing ngriki Allah sinebut papadhanging langit-langit lan bumi, punika jalaran inggih Panjenenganipun punika ingkang amedharaken saha ingkang nitahaken langit-langit lan bumi wau. Pratélan punika kasambetan ing sanépaning papadhangipun Pangéran, ingkang manawi kacundhukaken kaliyan ayat-ayat sambetipun ingkang gagandhèngan, terang-gamblang suraosipun, nanging manawi gagandhènganipun wau boten dipun wigatosaken, lastantun namung dados cangkriman kémawon.

Ing dalem sanépa candhakipun, Islam kasanépakaken kados déné papadhanging Pangéran; papadhang ingkang kapasang wonten ing cagak ingkang inggil, ngantos saindhenging jagad kasunaran ing cahyanipun: papadhang ingkang kareksa, sarana kapasang wonten ing salebeting gedhah, murih sumiliring samirana boten saged mejahi papadhang wau, papadhang ingkang cahyanipun sumunar- sumunar anelahi, ngantos gedhah ingkang dipun anggé wadhah wau kados déné lintang ingkang gumebyar cahyanipun. Kedah dipun pèngeti bilih asring kapangandikakaken wonten ing Quran Suci, agami Islam punika kasebut papadhanging Pangéran: “Dhèwèké padha karep arep nyirep papadhangé Allah kalawan lisan-lisane, nanging Allah ora marengaké, kajaba malah anyampurnakaké papadhang-É sanadyan para kafir padha gething” (9: 32, 61: 8). Dados ingkang kapangandikakaken ing sanépa papadhanging Pangéran, punika Islam. Zaitun ingkang binarkahan, tuking papalang wau, punika ing ngriki minangka pasemonipun agami Islam, boten prabéda lan tin punika dados pasemonipun agami Yahudi (kula aturi mirsani 2766). Zaitun ingkang binarkahan, ingkang minangka dados pasemonipun agami Islam, punika boten kagolong wétanan lan boten kagolong kilènan. Makaten ugi agami Islam, ingkang kedah suka papadhang dhateng wétan lan kilèn, punika inggih boten mligi kagolong wétan utawi kilèn. Sajakipun ingkang dipun karsakaken punika gathukipun dados satunggal wétan lan kilèn wonten ing dalem Islam, inggih punika piweca ingkang sapunikanipun mèh kelampahan, wiwit mangertosipun kilèn dhateng kayektèning piwulangipun agami Islam.

1758. Papadhanging Pangéran ingkang kapangandikakaken ing ayat ingkang sampun, kasebutaken wonten ing ngriki bilih pinanggih wonten ing griya-griya, ingkang sisipatanipun ingkang miyambaki griya-griya wau: ing ngriku asmanipun Allah sinebut. Dados punika anedahaken, bilih griya-griya wau griya-griyanipun para Muslimin, sarta inggih awit saking punika, mila tétéla bilih “papadhang” wau papadhangipun Islam. Salajengipun kapangandikakaken, bilih griya-griya punika nadyan ing sapunikanipun sarwa pasaja sanget, badhé dhateng masakalanipun linuhuraken, awit ingkang makaten punika sampun katamtokaken Allah. Kanyataanipun saèstu gubug-gubugipun ingkang sarwa pasaja bangsa Arab ingkang dudunung ing saganten wedi, linuhuraken dados kadaton-kadatonipun para raja, punika sampun cekap kanggé ing kayektèning piweca ingkang anggumunaken punika.

Ar. dhèwèké

Page 208: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Cahya Juz XVIII 962

tuwin awèh zakat;1759 dhèwèké padha wedi marang dina, kang ing kono ati-ati sarta pandeleng-pan-deleng padha amalik;

38 Supaya Allah bakal aparing wawales kang becik banget marang dhèwèké (déning) barang kang wus padha dilakoni, sarta amewahi lubèring paparingé marang dhè-wèké lan Allah amaringi rijeki sapa kang dadi kaparenging karsa-Né kalawan tanpa pétungan.

39 Wondéné para kang padha kafir, iku panggawéné, kaya déné pepethan amun-amun ing sagara wedhi, kang wong kasatan nyana iku banyu; nganti samangsané wis tumeka ing kono, tinemu iku dudu apa-apa; lan ana ing kono dhèwèké katemu Allah, tumuli marang dhè-wèké Panjenengané aparing liliru ganep pétungané; lan Allah iku rikat ing pangétung:

40 Utawa kaya déné pepeteng lilimengan ana ing sagara kang jero: alun anutup iku, sadhuwuré iku alun manèh, sadhuwuré iku mendhung, (lalapisaning) pepeteng lilimengan matumpa-tumpa; mana-wa angetokaké tangané, iku mèh ora bisa katon; lan sapa sing ora diparingi papadhang déning Allah, lah ya ora olèh papadhang.1760

1759. Lajenging sisifatanipun griya-griya wau, saya anyethakaken malih maksudipun dhawuh. Ing griya-griya wau Allah dipun mahasucèkaken ing wanci ènjing lan sonten, dados tétéla bilih griya-griya wau boten sanès inggih griya-griyanipun para Muslimin, jalaran salat lan zakat punika sisifatanipun Islam ingkang miyambaki. Ing griya-griya ngriku wonten titiyangipun, ingkang pakaryanipun among dagang, amargi kasebutaken bilih dadagangan boten saged angéguhaken piyambakipun saking anggènipun émut ing Allah. Lah terang manawi punika para sahabat ingkang sami lumajeng saking Makkah kaliyan Kanjeng Nabi Suci, awit inggih para sahabat wau ingkang sami adadagangan. Panglawan dhateng papadhang punika, sarta temahan-ipun panglawan wau, katerangaken wonten ing ayat kakalih ing wekasanipun ruku’ punika.

1760. Rèhning dhawuh ing wiwitaning ruku’ anggambaraken papadhanging Pangéran ingkang

Ar. sawe-nèhé sadhu-wuré kang sawenèh

Page 209: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 24 Wedharing Kawasanipun Pangéran 963

RUKU’ 6

Wedharing Kawasanipun Pangéran

41-44. Pratandha teteping karatonipun Allah. 45, 46. Tundha-tundhanipun titahing Allah. 47-50. Ingkang tipis imanipun sami ambalik.

41 Apa sira ora weruh yèn Allah iku, sakèhé kang ana ing langit-langit lan bumi padha maha-sucèkaké Panjenengané, mangkono uga manuk-manuk kang ambèbèr suwiwi?a Panjenengané temen angudanèni salaté siji-sijiné sarta anggoné mahasucèkaké, lan Allah iku Udani marang sabarang kang padha dilakoni.

42 Lan kagunganing Allah kara-toning langit-langit lan bumi iku sarta tumeka ing Allah wekasaning laku iku.1761

43 Apa sira ora weruh, yèn Allah iku anggiring mendhung, iku banjur padha dikalumpukaké, tu-muli didadèkaké tumpa-matumpa, wasana sira weruh udan metu saka ing satengahé? Lan Panjenengané anurunaké saka mendhung kang (kaya) gunung, ing kono ana udané woh, iku ditibakaké marang sapa kang dadi kaparenging karsa-Né sarta dièngokaké saka apa kang dadi kaparenging karsan-Né; mèh baé calèrèting kilat-É nyamber ing pandeleng.1762

gumebyar anelahi, ingkang kaparingaken dhateng para angèstu, mila dhawuh ing wekasaning ruku’ lajeng anerangaken pepetenging semang lan kabodhoan ingkang alilimengan, ingkang anglimputi para kafir. Anggènipun sajak angsal damel kasanépakaken namung kados déné pepetan amun-amun, manawi piyambakipun boten sami kacinthung ing pepethan wau, piyambakipun mesthi lajeng rumaos anggènipun sami dumunung wonten ing salebeting pepeteng, muk-mukan boten saged ningali punapa-punapa.

1761. Ayat punika lan ayat ingkang sampun, punika mratélakaken jumenengipun karatoning Islam.1762. Ayat punika wigatos dhawuh anggatosaken dhateng tumuwuhing kamajenganipun Islam

ingkang kalayan sarenti lan alon, sarta dhawuh anggatosaken dhateng sawenèh kacilakan ingkang

Ar. lan

a. 1327

Ar. udan woh saha mendhung kang (kaya) gunung

Page 210: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Cahya Juz XVIII 964

44 Allah iku ambolak-balèkaké wengi lan rina; sayekti, ing kono iku temen ana wulang-wuruk tu-mrap kang padha duwé pandeleng.

45 Lan Allah iku anitahaké saru-paning titah kang urip saka ing banyu:a lah sawenèhé ana kang lumaku sarana wetengé, lan sawe-nèhé ana kang lumaku sarana sikil loro, lan sawenèhé ana kang lumaku sarana papat; lan Allah iku anitahaké apa sakarsa-Né; sayekti Allah iku marang samubarang kawasa.

46 Sayekti Ingsun temen wus andhawuhaké timbalan-timbalan kang terang, lan Allah anuntun sapa kang dadi kaparenging karsa-Né marang dadalan kang bener.

47 Lan dhèwèké padha calathu: Aku padha angèstu ing Allah lan ing Utusan sarta padha ambangun turut; tumuli, sawisé mangkono iku, dhèwèké kang sapantha padha ambalik, lan iki (pancèn) dudu wong angèstu.

48 Lan samangsa dhèwèké padha diuwuh marang Allah lan utusan-É, supaya Panjenengané amancasi ing antarané, ing kono dhèwèké kang sapantha padha maléngos.

49 Lan lamun bener iki anaa ing awaké, bakal padha tumeka ma-rang Panjenengané klawan gagan-cangan ambangun-turut.

sampun dipun alami para kafir, ingkang ing ngriku punika piyambakipun saged nyipati tandha yektinipun ingkang terang badhé kamenanganipun Islam ingkang wekasan.

a. 1626

Page 211: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 24 Jumenenging karatonipun Islam 965

50 Apa ing sajroning ati-atiné analalarané,a utawa padha semang-semang, utawa padha kuwatir, yèn Allah lan utusan-É bakal atindak ora bener marang dhèwèké? O, balik dhèwèké iku wong kang padha atindaka dudu.

RUKU’ 7

Jumenenging karatonipun Islam

51, 52. Para ingkang ambangun turut badhé angsal kabegjan. 53, 54. Pambangun turut dipun paréntahaken. 55. Jumenenging karaton. 56, 57. Para kafir boten badhé angringkihaken Islam.

51 Wangsulané para mukmin nalikané padha diuwuh marang Allah lan utusan-É, supaya Pan-jenengané amancasi ing antarané, ora liya kajaba mung padha matur: kawula sami mireng saha kawula sami ambangun turut; lan dhèwèké iku wong kang padha begja.

52 Lan sapa sing ambangun turut ing Allah lan Utusan-É, sarta wedi ing Allah apa déné anjaga (kawajibané marang) Panjenenga-né, lah iya iki wong kang padha éntuk pakolih.

53 Lan dhèwèké padha sumpah kalawan (anebut asmaning) Allah akanthi sarosaning sumpahé, la-mun ta padha sira paréntahi, amasti bakal padha metoni. Calathua: aja padha sumpah, (kang prayoga iku) pambangun turut akanthi panga-wruh; sayekti, Allah iku waspada marang sabarang kang padha sira lakoni.

54 Calathua: Padha ambangun turuta ing Allah sarta padha ambangunturuta ing Utusan; déné

a. 24

Ar. calathu-né

Page 212: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Cahya Juz XVIII 966

manawa sira padha maléngos, lah kang dadi sasanggané iku mung apa kang dibubuhaké, sarta kang dadi sasangganira iku (iya) apa kang dibubuhaké marang sira; lan manawa sira padha ambangun turut ing dhèwèké sira iku padha ana ing dadalan kang bener; lan ora liya sasangganing Utusan iku kajaba anekakaké (ayahan) kang cetha.

55 Lan Allah wus aparing janji marang antaranira kang padha angèstu sarta alaku becik, mesthi bakal padha Didadèkaké pama-réntah ana ing bumi, kaya anggoné Panjenengané wus andadèkaké pamaréntah para ing sadurungé, lan amasthi Panjenengané bakal angukuhaké tumrap dhèwèké (ade-ging) agamané, kang wus Dikapa-rengaké tumrap dhèwèké, sarta amasthi ing sawisé dhèwèké padha nandhang kuwatir Panjenengané bakal anyalini santosa; dhèwèké bakal padha angabdi marang Ing-sun, ora bakal anyakuthokaké apa-apa kalawan Ingsun; lan sapa sing ora atur panuwun sawisé mang-kono iku, yaiku wong kang padha murang yekti.1763

1763. Ayat punka boten namung mecakaken jumenengipun karatoning Islam kémawon, nanging ugi mecakaken langgengipun karaton wau. milanipun Khalifah utawi gegentosipun Kanjeng Nabi Suci badhé dipun jumenengaken, sarta kaum Muslimin kadadosaken umat ingkang maréntah wonten ing bumi. Para ing sadurungé, punika suraosipun ingkang khusus pandhèrèkipun Kanjeng Nabi Musa(Bd), Nalika jaman tumurunipun surat punika, utawi ayat-ayat punika, agami Islam taksih kinepang wakul para mengsah; para angèstu taksih tansah ngandhut kuwatos, – kados déné ingkang kacetha wonten ing ayat punika, – sarta panembah-brahala taksih menang wonten ing tanah Arab. Kamenanganipun Islam ingkang langkung rumiyin kawecakaken wonten ing dalem sanépa papadhangipun Pangéran, sarta ingkang salajengipun dipun sebutaken lahiripun ingkang kalayan sarenti, ing ngriki kadhawuhaken kalayan tembung ingkang terang gamblang saha ceplos: para angèstu badhé dipun dadosaken tiyang ingkang maréntah wonten tanah ingkang kajanjèkaken, utawi ingkang nyepeng papréntahan wonten ing nagari Arab; agaminipun badhé dipun jumenengaken kalayan tetep; kaamanan badhé dipun paringaken dhateng piyambakipun minangka gentosipun kakuwatosan; Kasawijènipun Pangéran badhé menang, boten wonten sesembahan sanès satunggal-tunggala ingkang

Ut. gegenti

Ut. gegenti

Ut. Dipilih

Ar. kuwatiré

Ut. angafiri

Page 213: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 24 Angajèni wancinipun tiyang sanès 967

56 Padha anjumenengna salat sarta ambayara zakat tuwin padha ambangun-turuta Utusan, supaya sira padha pinaringan wilasa.*

57 Aja sira ngira, yèn para kang padha kafir iku ana ing bumi padha bisa oncat, sarta panggonané dhè-wèké iku geni; lan temen ala panggonan iku.

RUKU’ 8

Kedahipun sami angajèni dhateng ‘wancinipun piyambak’ tiyang sanès

58, 59. Wancinipun tiyang kedah miyambak. 60. Tiyang èstri ingkang sampun luwas boten perlu kedah miyambak. 61. Sasrawungan raket tumrap karabat celak sarta pawongipun.

58 É, para kang padha angèstu! para kang padha kadarbé ing ta-nganira tengen sarta para bocahira kang padha durung tumeka diwasa padha konen anjaluk idin marang sira telung rambahan: sadurungé

*kasembah sasarengan kaliyan Allah ingkang sajati. Nugraha punika sadaya badhé dipun paringaken dhateng para Muslimin, nanging piyambakipun inggih kedah sukur (atur panuwun); kosokwangsulipun manawi ing sasampunipun makaten wau piyambakipun boten purun atur panuwun, lah piyambakipun mesthi badhé karengkuh kados déné tiyang ingkang murang-yekti. Rz nerangaken tembung kufr ing /

ngriki punika jawinipun: nyélaki hak-ipun nugraha punika; utawi boten atur panuwun, amargi tembung kufr ingkang mengku teges kafir (boten purun angèstu), punika limrahipun mesthi sinambetaning bâ tuwin barang ingkang dipun kafiri. Suprandéné dipun tegesana ngafiri pisan, kados déné ingkang kasebutaken ing margin punika, meksa inggih ateges ngafiri nugrahanipun Pangéran, boten kok ngafiri pamaréntah utawi Khalifah.

Nadyan ingkang dipun karsakaken ing piweca ingkang kasebut ing ayat punika, badhé jumenengipun karatoning Islam sarta anggènipun para Muslimin badhé dipun dadosaken Khalifahipun titiyang Israil ing babagan Tanah Ingkang Kajanjèkaken, éwadéné piweca wau ugi kénging kasuraos mengku janjining Pangéran badhé anjumenengaken para juru-pambangun wonten ing antawisipun para Muslimin, kados déné ing antawisipun titiyang Israil inggih kajumenengan para nabi. Makaten punika janji ingkang kasebutaken ing hadits dhawuh pangandikanipun Kanjeng Nabi Suci: “Sayekti Allah bakal anjumenengaké tumrap umat iki (inggih punika kaum Muslimin) ing saben-saben wiwitaning abad, wong kang nganyarake agamané.” Awit saking punika pramila janji ingkang kaparingaken wonten ing ayat punika boten namung ing bab badhé jumenenging para khalifahipun dunyawi Kanjeng Nabi Suci kémawon, nanging ugi badhé jumenenging khalifahipun ruhani Kanjeng Nabi utawi para juru-pambangun (mujaddid). Kupiyanipun titiyang Israil – kados déné ingkang kawengku ing karsanipun ayat-ayat wau – ngibarati badhé rawuhipun satunggaling Masih wonten ing antawisipun titiyang Muslimin, kados déné ing antawisipun titiyang Israil inggih karawuhan Masih. Sarta inggih ayat punika ingkang dipun anggé wonten dakwahipun suwargi Mirza Gulam Ahmad ing Qadian, pandhirinipun Gerakan Ahmadiyah. Panjenenganipun dakwah dados mujaddid utawi juru-pambangun ing abad kaping kawanwelas Hijrah tuwin dados Masih-ipun titiyang Muslimin.

Ar. saka antaranira

Page 214: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Cahya Juz XVIII 968

salat subuh, lan samangsa sira cucul panganggonira ing wayah awan, tuwin ing sawisé salat ‘Isya’; iki waktu tetelu kanggo andhéwé tumrap marang sira; ora dosa tumrapé sira lan tumrapé dhèwèké saliyané (waktu) iki; sawenèhira mubeng (angladèni) marang sawenèhé; kaya mangkono Allah anggoné anggenahaké tim-balan-timbalan marang sira; lan Allah iku Udani, Wicaksana.1764

59 Lan samangsané bocah-bocahira padha tumeka diwasa, lah padha konen anjaluk idin kaya anggoné padha anjaluk idin para wong ing sadurungé; kaya mang-kono Allah anggoné anggenahaké timbalan-timbalan-É marang sira, lan Allah iku Udani, Wicaksana.

60 Déné wong-wong wadon kang wis tuwa aluwas,1765 kang ora bakal arep laki, lah ora dosa ingatasé dhèwèké yèn cucula pa-nganggoné kalawan ora ngatonaké papaèsé; lan manawa dhèwèké dhéwé anyegah, iku luwih becik tumrap dhèwèké; lan Allah iku Miyarsa, Udani.

61 Ora cacad ingatasé wong wuta, lan ora cacad ingatasé wong lumpuh, sarta ora cacad ingatasé wong lara1766 tuwin ora cacad

1764. Tatanan bab “wancinipun-miyambak’’ kanggé tiyang satunggal-satunggal lan kanggé tiyang sagotrah, punika perlu sanget kanggé nyaèkaken sasrawunganipun babrayan. Tanpa netepi tatanan punika, tamtu badhé mahanani wontenipun sawarnining pawartos dora, ingkang dados pakaremanipun para tukang damel fitnah, ingkang boten sanès angsal-angsalanipun kajawi namung badhé adamel crah wonten ing kalanganing babrayan.

1765. Qâ’id (manawi jama’: qawâ’id) punika tegesipun tiyang èstri ingkang sampun boten saged ngandhut lan ingkang sampun boten anggarap sari (LL).

1766. Titiyang Arab sami gigu nedha sasarengan kaliyan tiyang wuta lan sasaminipun (Rz). Ing bab punika lekasipun titiyang Arab wau sami kaliyan titiyang Yahudi tuwin bangsa sanès-sanèsipun

Ar. ora Ar. saha

Page 215: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 24 Prakawis praja 969

ingatasé awakira, yèn ta sira padha mangana ing omah-omahira, utawa (ing) omah-omahé bapak-bapakira, utawa (ing) omah-omahé biyung-biyungira, utawa (ing) omah-omahé sadulur-sadulurira lanang, utawa (ing) omah-omahé sadulur-sadulurira wadon, utawa (ing) omah-omahé sadulur-saduluré la-nang bapakira, utawa (ing) omah-omahé sadulur-saduluré wadon bapakira, utawa (ing) omah-omahé sadulur-sadulur lanang biyungira, utawa (ing) omah-omahé sadulur-saduluré wadon biyungira, utawa (ing) omah kang sorogé ana ing kuwasanira, utawa (ing omahé) mitranira. Lah ora dosa ingatasé sira, yèn sira padha mangan kembul utawa padha ijèn-ijèn. Lah samangsa sira malebu ing omah-omah, lah uluka salam marang wong-wongira kalawan pakurma-tan saka ngarsaning Allah, kang binarkahan (lan) angresepaké; kaya mangkono Allah anggoné angge-nahaké timbalan-timbalan marang sira, supaya sira padha ngerti.*

RUKU’ 9

Prakawis praja kedah dipun rumiyinaken katimbang sadaya prakawis dhiri

62. Wigatosipun prakawis praja. 63, 64. Panguwuhipun Kanjeng Nabi kedah dipun èstokaken kalayan tuhu-tuhu.

*malih. Ngantos ing dinten sapunika ugi, titiyang Hindhu inggih miyambak manawi nedha. Islam maringi tatanan ingkang tengah-tengah, saha maringi kalonggaran ingkang sakalangkung ombèr ing babagan prakawis punika dhateng satunggal-satunggaling tiyang. Tiyang kéngang-kénging kémawon nedha piyambakan punapa sasarengan kaliyan tiyang sanès: nedha kaliyan tiyang gruwung lan sapanunggilanipun, inggih kénging, makaten ugi inggih kénging nedha wonten ing griyanipun karabat ingkang celak tuwin ing griyanipun mitra. Tatanan ing bab prakawis punika ingkang tharik-tharik ararampadan, kados déné ingkang tumindhak nalika jaman sadèrèngipun Islam, utawi ingkang lastantun tumindhak sapriki wonten ing babrayanipun titiyang Nasrani, boten dipun sayogyani Islam. Utawi suwakan bab cacadipun tiyang wuta, tiyang lumpuh lan tiyang sakit, punika kanthi mengku karsa nglepataken piwulang ingkang mastani, bilih cacad wau dipun sababaken déning ing nalika gesangipun ingkang sampun, amargi Islam boten angajengi sanget dhateng piwulang bab tumimbal lahiring jiwa. lslam ugi maringi tatanan ingkang ngidini sarawungan ingkang raket tumrap sawenèh prakawis.

Ar. barang

Page 216: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Cahya Juz XVIII 970

62 Para mukmin iku mung para kang padha angèstu ing Allah lan Utusan-É sarta samangsa anyartani dhèwèké tumrap prakara wigati, ora padha anglungani, kajaba yèn wis anyuwun idin dhèwèké. Sa-yekti, para kang padha nyuwun idin marang sira, iku para kang padha angèstu ing Allah lan Utu-san-É. Mulané samangsa dhèwèké padha nyuwun idin marang sira karana salah sawijining kabutu-hané, sira iya ngidinana sapa sing dadi karepira sarta padha suwuna pangapura ing Allah; sayekti Allah iku Aparamarta, Mahaasih.

63 Aja sira padha nganggep panguwuhing Utusan ing antara-nira iku kaya panguwuhé sawe-nèhira marang sawenèhé;1767 temen Allah iku Angudanèni sawenèhira kang padha lolos kalawan salin-thutan; mulané dingati-ati para kang padha anyulayani paréntahé, yèn padha kataman ing coba utawa padha kataman ing siksa kang nglarani.

64 Lah, sayekti, kagungané Allah sabarang kang ana ing langit-langit lan ing bumi iku; temen Panje-nengané iku angudanèni kapriyé sikepira;1768 lan ing dinané

1767. Tuwan Palmer lan tuwan Rodwell sami klèntu-tampi dhateng suraosipun ayat punika. Ayat punika boten kok mengku teges kados pundi kedahipun munjuk dhateng Kanjeng Nabi punika, wangsul anerangaken kados pundi caranipun nanggapi panguwuhipun Kanjeng Nabi. Sambeting ayat ngandhap lan nginggilipun, sampun anggenahaken ingkang makaten punika. Ayat ingkang sampun anerangaken, bilih sintena kémawon boten kénging medal pasilan tanpa idinipun Kanjeng Nabi, samangsa sami klempakan ngrembag prakawis ingkang wigatos, ingkang perlu dipun dhatengi para titiyang wau. Ayat sambetipun dhawuh punika sami suraosipun. Dados ingkang kadhawuhaken ing ngriki punika: pa-nguwuhipun Kanjeng Nabi dhateng para angèstu kedah dipun aosi, sarta boten kénging namung dipun anggep kados déné panguwuhipun titiyang wau satunggal dhateng satunggalipun. Mila makaten jalaran panguwuhipun Kanjeng Nabi punika mesthi magepokan kaliyan prakawis wigatos, ingkang mahanani

1768. Mirsanana kaca candhakipun.

Ar. nganti

Ut. andaga

Page 217: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 24 Prakawis praja 971

dhèwèké bakal padha dibalèkaké marang Panjenengané, Panjene-ngané bakal banjur anjalèntrèhaké marang dhèwèké ing barang kang wus padha dilakoni; lan Allah iku marang samubarang Ngudanèni.

karaharjanipun umat, nanging manawi panguwuhipun titiyang wau satunggal dhateng satunggalipun, namung magepokan kaliyan prakawisipun piyambak-piyambak bangsanipun ingkang limrah-limrah kémawon.

1768. punika tegesipun: karep lan tindak kang padha sira rujuki, liripun: apa sira iku temen-temen, apa mung lalamisan baé.

_____________

Page 218: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

SURAT 25

AL-FURQÂN

(Panyilah)

KADHAWUHAKEN ING MAKKAH

(6 ruku’, 77 ayat)

Pathinipun:

Ruku’ 1. Juru pèpènget tumrap sadaya bangsa Ruku’ 2. Kayaktinipun pèpènget. Ruku’ 3. Dinten panyilah Ruku’ 4. Wulang-wuruk mirid saking pandumipun ummat ingkang rumiyin-rumiyin. Ruku’ 5. Wulang saking wasitaning ngalam. Ruku’ 6. Tumindhaking éwah-éwahan.

Namanipun, gathuking suraosipun tuwin titimangsaning tumurunipun

Surat punika dipun namakaken Al-Furqân, utawi panyilah; ing sagemblengipun, surat punika éwonipun wahyu Makkiyah ingkang sepuh-sepuh. Kados déné ingkang kacetha wonten ing gathuking suraosipun, klèntu manawi ayat 68-70 punika kagolongaken wahyu Madaniyah. Piweca-piwecanipun ingkang akhir surat ingkang sampun, ingkang kalayan cetha anjajèkaken jumenengipun karatoning Islam, punika lajeng dipun sambeti piweca ingkang langkung sepuh, ingkang amecakaken dinten ageng panyilah, inggih punika dinten masakalanipun yakti lan panggorohan pilah kalayan cetha, ngantos sanajan sinawang saclèrètan kémawon sampun katingal ing agawang-gawang. Lah, ingkang makaten punika sampun kelampahan wonten ing paprangan Badr, ingkang wonten ing Quran Suci kasebut dinten panyilah (8: 41), sarta inggih punika dinten ingkang kapangandikakaken wonten ing ayat 25 punika.

Ingkang kawarsitakaken

Surat punika kawiwitan kalayan dhawuh pratélan, bilih kautusipun Kanjeng Nabi Suci punika tumrap sadaya bangsa ing jagad. Minangka kateranganipun ingkang wekasan bab kasawijènipun Pangéran, Kasawijènipun Pangéran wau kedah manunggilaken sadaya bangsa tuwin ngrungkad sawarnining kamusyrikan (panembah-pangéran-kathah); kasawijènipun Pangéran lan manunggilipun sadaya manusa, kedah sasarengan. Para titiyang kafir mancahi dupèh Kanjeng Nabi punika manusa limrah; punika kaparingan wangsulanipun wonten ing wekasanipun ruku’ ingkang kaping kalih, ingkang andhawuhaken bilih pèpènget punika yakti. Ruku’ ingkang kaping tiga anedahaken bilih panyilah antawisipun awon lan saé punika ing wasananipun mesthi badhé dipun wontenakaen, sarta anyebutaken dinten panyilah wau. Pratélan umum punika dipun sambeti tuladhanipun ingkang melok, inggih punika nasib ingkang kasandhang umat ingkang rumiyin-rumiyin, ingkang sawenèhipun kasebutaken kalayan cekak wonten ing ruku’ ingkang kaping sekawan, tuwin anggènipun para titiyang Makkah sami ambeguguk wonten ing sasar, punika dipun paringi pèpènget. Ruku’ ingkang kaping gangsal dhawuh anggatosaken dhateng sawenèh kawontenan ing ngalam, ingkang suka pasaksi bilih sagung dumados punika kawengku ing angger,-angger,”tumuwuh saking sakedhik,” ingkang anedahaken bilih sadaya angger-anggeripun Pangéran punika tumindhakipun kalayan adhadhasar wilasa; angger-angger punika asring kémawon kabetahaken kanggé ngèngetaken para titiyang ingkang salebetipun milawani ing yakti sami anggugujeng ing wontenipun siksa. Surat punika dipun pungkasi sarana mratélakaken kawulanipun Allah Ingkang-Mahamurah ingkang tulus. ingkang menggah ing sajatos-jatosipun punika dados titikanipun pambangunan ageng ingkang sampun wiwit tumindak.

Page 219: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 25 Juru pèpènget sadaya bangsa 973

RUKU’ 1

Juru pèpènget tumrap sadaya bangsa

1. Ayahan tumrap saindhenging jagad. 2, 3. Mahatunggalipun Pangéran. 4-6. Quran Suci amedharaken kawruh ingkang lebet ingkang badhé kalampahan. 7-9. Kanjeng Nabi Suci dipun emohi sarta dipun wastani tiyang kranjingan.

Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, Ingkang-Mahaasih.

1 Mahabarkah Panjenengané Kang wus anurunaké panyilah marang kawula-Né, supaya dhè-wèké dadia juru-pépéling marang sakèhing bangsa;1769

2 Panjenengané, Kang kagungan karatoning langit-langit lan bumi, lan Kang ora mundhut putra, sarta Kang ora kagungan sakuthu ing dalem karaton iku, apa déné Kang anitahaké samubarang, banjur iki tinamtu kalawan taker.1770

3 Lan dhèwèké padha ngalap sesembahan saliyané Panjenenga-né, kang padha ora anitahaké apa-apa, malah padha tinitahaké, sarta padha ora bisa agawé pituna tuwin piguna tumrap awaké dhéwé,

1769. Panyilah punika, inggih punika simaning kakiyatanipun mengsah, ingkang nalika piweca-piweca punika kaundhangaken sakalangkung kiyat, ngantos sami amastani piweca-piweca punika pangayomanipun tiyang éwah. Babakan ingkang rumiyin piyambak remuking kakiyatanipun titiyang Quraisy, punika nalika perang Badr. Ing nalika punika wonten sanga panuntunipun ingkang remen damel wisuna nemahi tiwas. Déné sirnanipun babar pisan kakiyatanipun titiyang Quraisy, punika nalika bedhahipun nagari Makkah. Tandha yekti ingkang melok ing kayektènipun Kanjeng Nabi Suci ingkang makaten punika, sampun boten wonten semang-semangipun malih mesthi mahanani panjenenganipun sinebut juru pèpènget ingkang sajatos dhateng sagung para bangsa ing bumi punika. Tandhayekti punika boten pisan-pisan suda aosipun danguning mangsa. Perlu dipun pèngeti bilih kautusipun Kanjeng Nabi ingkang tumuju dhateng jagad sawegung punika kalayan terang kadhawuhaken wonten ing wahju Makkiyah jaman wiwitan punika.

1770. Kautusipun Kanjeng Nabi punika kanggé ing sajagad, awit panjenenganipun punika Dutaning Ratu ingkang karajanipun mradini ing saindhengipun jagad. Sarta margi saking agenging panguwaos-Ipun, Panjenenganipun kapareng badhé nyampurnakaken kanyataaning wahananipun piweca-piweca ingkang sampun kaundhangaken. Kalayan tetembungan ingkang cekak-aos ayat punika nglepataken sawarnining kamusyrikan (panembah-pangéran-kathah).

Ut. pinesthi Ut. pepes-thèn

Ar. lan

Page 220: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Panyilah Juz XVIII 974

apa déné padha ora bisa anguwa-sani pati tuwin urip sarta ora bisa nangèkaké (wong mati).

4 Lan para kang padha kafir acalathu: Iki ora liya kajaba pang-gorohan gagawéané dhéwé, sarta ana wong liya kang padha ngré-wangi dhèwèké ingatasé prakara iku; lah sayekti dhèwèké iku padha anglakoni tindak dudu sarta (pangucap) goroh.

5 Lan padha calathu: Dodongè-ngané para kuna – iku padha ditulisi – banjur iku diwacakaké marang dhèwèké ésuk lan soré.

6 Dhawuha: Kang anurunaké iki, Iku Kang-angudanèni wawadi ing sajroning langit-langit lan bumi; sayekti Panjenengané iku salawasé tansah Aparamarta, Mahaasih.1771

7 Lan padha calathu: Ana apa Utusan iki teka mangan panganan sarta lumaku ing pasar; yagéné ora ana malaikat diturunaké marang dhèwèké, supaya dadia kanthiné dadi juru-pépéling?1772

1771. Milanipun kayektèning piweca piwecanipun, punika mesthi badhé dados tandha yekti ingkang pratéla dhateng kayektèning wahyu saking Allah punika. Punika wangsulanipun pandalih-pandalih ingkang sampun kasebutaken ing ayat-ayat ingkang sampun.

1772. Sugengipun Kanjeng Nabi punika sugeng ingkang sakalangkung pasaja. Sadaya padamelan-ipun katindakaken piyambak. “Panjenenganipun ngréncangi garwa-garwanipun manawi sami anindak-aken wajibipun tiyang gigriya, anjlumat pangagemanipun piyambak, nancang ménda, sarta ngantos karsa nambal tarumpahipun punapa” (Muir). Malah boten namung kados makaten kémawon; labet saking ambek paramartanipun saha lilalegawanipun, asring kémawon panjenenganipun nindakaken pandamelanipun tiyang sanès. Ing satunggaling wekdal, wonten satunggaling tiyang èstri boten saged nindakaken pandamelanipun piyambak, lajeng nyuwun dhateng panjenenganipun supados nuntun piyambakipun dhateng satunggaling margi; panjenenganipun lajeng ngréncangi tiyang èstri wau dhateng margi wau, sarta nilar èstri wau sareng sampun rampung pandamelanipun (Misykat). Awit saking punika mila titiyang kafir mastani panjenenganipun punika lumaku ing pasar. Panjenenganipun punika manusa, sarta inggih dhahar dhadhaharan limrah kados tedhanipun tiyang Arab ingkang pasaja. Inggih awit saking punika mila para kafir mastani panjenenganipun mangan panganan. Wangsulanipun punika kasebutaken wonten ing ayat 20, inggih punika: sadaya nabi punika manusa limrah sarta teluk

Page 221: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 25 Kayektènipun pèpènget 975

8 Utawa, (yagéné ora) ana ban-dha diturunaké marang dhèwèké utawa diparingi kebon, minangka pangané?1773 Sarta para atindak dudu acalathu: Kowé iku ora liya kajaba manut wong kang wus ilang akalé.

9 Delengen, kapriyé anggoné padha agawé sanépa tumrap ma-rang sira, ananging dhèwèké padha sasar, mulané ora bakal padha bisa olèh dalan.1774

RUKU’ 2

Kayektènipun pèpènget

10. Kanjeng Nabi ngajeng-ajeng barang saé. 11-14. Wasananipun tiyang duraka punika lebur. 15, 16. Piwales dhateng para susatya. 17-19. Sesembahan palsu. 20. Sadaya nabi punika manusa.

10 Mahabarkah Panjenengané Kang manawa dadi kaparenging karsa-Né, bakal aparing marang sira kang luwih becik tinimbang iki: patamanan kang ing jeroné kaliné padha mili, sarta Panjene-ngané bakal aparing kadhaton-kadhaton marang sira.1775

11 Balik dhèwèké iku padha anggorohaké marang titimangsané;lan tumrap marang sapa sing anggorohaké ing titimangsa iku Ingsun nyadhiyani geni murub.

dhateng angger-anggering kamanusan, inggih kados Kanjeng Nabi Suci makaten. Punika tandha ingkang terang gamblang, bilih bab ingkang kawarsitakaken ing Quran Suci punika sambet sinambet kalayan runtut.

1773. Bandha umpuk-umpukan sumèlèh wonten ing sangajenging para sahabatipun Kanjeng Nabi Suci, sarta piyambakipun sami kadadosaken gustinipun tanah Mesopotamia ingkang loh jinawi punika dalah taman-tamanipun; nanging sadaya punika kalampahanipun kalayan manut angger-anggeripun Pangéran, inggih punika: wahananipun piweca-piweca punika kanyataanipun kalayan sarenti, boten prabéda lan tumuwuhing samukawis ing dalem alam wadhag, punika inggih akalayan sarenti.

1774. Anggènipun badhé boten sami sumerep margi ingkang anjog ing kabegjan, utawi margi ingkang saged nguwalaken piyambakipun saking siksa ingkang kaancamaken, punika badhé dados pasaksèn anggènipun sami sasar.

1775. Kebon lan taman-tamanipun tanah Mesopotamia, kadhaton-kadhatonipun tanah Persi tuwin kadhaton-kadhatonipun para Keizer, sami kaparingaken dhateng para pandhèrèkipun Kanjeng Nabi

Ut. kenaing kema-yan

Ar. ngisoré

Ar. saat

Ar. saat

Page 222: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Panyilah Juz XVIII 976

12 Nalika iki katon marang dhè-wèké saka ing panggonan kang adoh, dhèwèké padha ngrungu kumrangsangé lan gumludhugé.

13 Lan nalika padha dicemplung-aké mrono ing papan kang rupek kalawan tinalikung, ing kono padha anguwuh ing karusakan.

14 Ing dina iki aja sira padha anguwuh ing karusakan sawiji, ananging anguwuha ing karusakan kang akèh.

15 Calathua: Apa iki (kang) luwih becik, apa taman kang langgeng, kang dijanjèkaké ma-rang para kang anjaga dhiriné (saka ing ala)? Iku piwales sarta pangungsèn tumrap dhèwèké.

16 Ana ing kono bakal padha olèh apa kang dikarepaké, (ing kono) pamanggoné; iku sawijining janji (kang tetep) atas Pangéranira, kang kuduné disuwun.1776

17 Lan ing dinané Panjenengané angimpun dhèwèké karo apa kang padha dikawulani saliyané Allah, Panjenengané banjur bakal ngandi-ka: Apa kowé kang padha anasar-aké kawula-Ku iki, apa dhèwèké dhéwé kang nasar saka ing dadalan?

18 Bakal padha munjuk: Maha-suci Tuwan punika! boten mung-guh tumrapipun kawula yèn ta

Suci, minangka tandha-yakti ing kayektèning piweca punika. Miturut Mjd, ingkang dipun karsakaken punika: Suwarga ing akhirat saha kadhaton-kadhaton ing gesang punika-Rz:

1776. Dhawuh punika mengku teges, bilih janji punika mesthi badhé dipun tetepi saèstu wahananipun.

Page 223: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 25 Dinten panyilah 977

angalapa pangayom-pangayoman sanèsipun Tuwan, ananging anggèn Tuwan amaringi kasenengan dha-teng piyambakipun tuwin bapak-bapakipun ngantos sami anglirwak-aken ing ènget sarta sami dados bangsa ingkang papa-cintraka.1777

19 Lah temen bakal padha ang-gorohaké sira marang apa calathu-nira, banjur sira ora bakal bisa amurungaké (siksané) sarta ora (bakal bisa) olèh pitulung; sarta sira sapa kang atindak dudu, bakal Ingsun icipaké siksa kang gedhé.

20 Lan ora kena ora, Ingsun angutus para Utusan sadurungira iku masthi padha mangan pangan sarta padha lumaku ing pasar-pasar, apa déné Ingsun andadèkaké sawenèhira dadi coba tumrap sawenèhé. Apa sira bakal padha kuwat sabar? Lan Pangéranira iku tansah Amirsani.1778

JUZ XIX

RUKU’ 3

Dinten panyilah

21, 22. Panyuwun siksa. 23, 24. Para duraka dipun pilahaken kaliyan para tulus. 25-29. Tandha-tandhanipun dinten panyilah. 30, 31. Angemohi sarta sikep amengsahi Quran Suci. 32. Wewedharing sabda punika saking sakedhik. 33. Wewedharing sabda ingkang sampurna. 34. Kawusananipun para duraka.

1777. Para tukang ngritik kathah ingkang sami nemahi lepat, samangsa sami nyukarta dhawuh bangsanipun ingkang kados makaten punika, anggènipun sami gadhah panginten, bilih atur wangsulan makaten wau nama wangsulan ingkang boten jangkep. Pancèn manawi namung dipun waos sagrambyangan, saged nuwuhaken pupuntoning pamanggih bilih pandangon wau dèrèng wonten wangsulanipun ingkang saleres-leresipun. Nanging tumrap dhadhawuhan bangsanipun ingkang kados makaten punika, Quran pancèn namung ngèngetaken bukti-bukti ingkang nélakaken, bilih pamanggih ingkang sulaya kaliyan bukti-bukti wau boten pinanggih ing nalar; kados pundi leresipun, para maosipun kedah ngupadosi piyambak. Minangka tuladha dhawuh punika, bukti-buktinipun kasebutaken makaten: “Boten mungguh tumrapipun kawula yèn ta angalapa pangayoman-pangayoman sanèsipun Tuwan.” Tiyang ingkang maos dhawuh pangandika punika kedah ngupadosi piyambak wohing dhawuh, inggih punika makaten: Manawi makaten, lah kados pundi saged kawula sami ngaken tiyang sanès supados nganggep sesembahan dhateng kula sami?

1778. Punika dhawuh dhateng para Muslimin supados sami kiyat sabar nandhang panganiayaning

Page 224: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Panyilah Juz XIX 978

21 Lan para kang padha ora angarep-arep sapatemon-Ingsun acalathu: yagéné ora ana malaikat tinurunaké marang aku, utawa (yagéné) aku padha ora andeleng Pangéranku? Sayekti temen banget padha gumedhé ing sajroning atiné sarta padha mirong kalawan pami-rong kang gedhé.1779

22 Ing dinané dhèwèké bakal padha andeleng para malaikat, ing dina iku ora bakal ana warta bu-bungah tumrap para wong duraka, sarta (malaikat) bakal padha cala-thu: Iku larangan, dilarangi babar pisan.1780

23 Lan Ingsun bakal tumapak marang panggawé apa kang wis padha dilakoni, banjur iku Ingsun dadèkaké endheg amun-amun.1781

24 Para kang manggon ing taman, ing dina iku luwih becik padunungané sarta luwih becik palèrènané.

25 Ing dina bakal pecahing langit kalawan mendhung sarta para malaikat padha tumurun tinurunaké.1782

mengsah-mengsahipun, awit cobi punika sadaya badhé saged anyilahaken awon lan saé. Dhawuh ingkang wekasan minangka panglipur tumrap piyambakipun: Pangéranira iku tansah Amirsani lan mesthi bakal niksa para tukang nganiaya.

1779. Rawuhipun para malaikat lan Pangéran, punika ateges dhumawahipun siksa ingkang kaancamaken wonten ing Quran Suci. Ayat candhakipun anyethakaken ingkang makaten wau. Mirsanana ugi 268.

1780. Tembung punika saged dipun suraos warni kalih, sesa-sesa manut panyuraosipun, punapa punika dipun suraos kaucapaken malaikat punapa déning tiyang duraka. Manawi kasuraos kaucapaken malaikat, mengku teges bilih pawartos bibingah punika badhé dados barang awisan tumrap para tiyang duraka, dados sami kaliyan cariyos bilih para tiyang duraka wau badhé kasiksa. Déné manawa kasuraos kaucapaken tiyang duraka, tetembungan wau sawarni panyuwun wonten papager ingkang seged ngaling-ngalingi piyambakipun kaliyan siksa bubuhanipun. Teges ingkang angka kalih punika kasebutaken wonten ing margin.

1781. Sadaya pambudi-dayanipun titiyang Quraisy kadamel lebur atanpa dados nalika perang ing Badr.

1782. Katerangan dintenipun perang Badr punika ugi kasebutaken wonten ing 8: 11; ing ngriku

Ut. Dibunto-ni kalawan pager kang rapet aku-kuh

Page 225: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 25 Dinten panyilah 979

26 Ing dina iku karaton kalawan pranyata kagungané Ingkang-Mahamurah, sarta ingatasé para kafir iku dina kang rekasa.

27 Sarta ing dinané wong kang atindak dudu anggeget tangané, calathuné: O, mbok aku iki biyèn angalap dadalan anyartani Kanjeng Rasul.1783

28 O, cilaka temen awakku, mbok aku biyèn ora angalap mitra si Anu.

29 Sayekti temen dhèwèké iku anasaraké aku saka ing éling ing sawisé (éling iku) teka marang aku lan pancèn sétan iku ora tutulung marang manusa.

30 Lan Utusan munjuk: Dhuh Pangéran kawula! saèstu, bangsa kawula punika panganggepipun dhateng Quran punika kados barang ingkang tanpa isi.

31 Lan iya kaya mangkono iku, saben Nabi Ingsun gawèkaké mungsuh saka para wong duraka, lan wis nyukupi Pangéranira iku minangka Panutan lan Panulung.

tumuruning jawah kasebutaken kalayan terang, sarta ing dhawuh ngriku ugi tumurunipun para malaikat kasebutaken. Ayat candhakipun anedahaken bilih dinten wau badhé dados dinten kamenangan tumrap para Muslimin, para angèstu dhateng Pangéran Ingkang Mahamurah, sarta dados dinten rekaos tumrap para kafir. Saèstu, wonten ing peperanganipun kaliyan para Muslimin ingkang kelampahan ing pawingkingipun, titiyang Quraisy boten naté manggih sangsara lan rekaos ingkang nyamèni kaliyan sangsara lan rekaos ingkang sami dipun sandhang nalika prang Badr.

1783. Kacariyos tiyang ingkang khusus katuju ing dhawuh ing ngriki punika Aqbah. Piyambakipun punika salah satunggaling sesepuh Quraisy, ingkang naté ngidoni pasuryanipun Kanjeng Nabi, karana badhé damel seneng dhateng satunggaling mitranipun (Rz). Nalika prang Badr, ngemungaken piyambakipun piyambak tiyang tawanan ingkang pinejahan. Sasampunipun peperangan bibar, nalika mayit-mayitipun para pinisepuh Quraisy ingkang sami tiwas kabekta dhateng kluwat badhé dipun kubur, Kanjeng Nabi lajeng nebut namanipun para pinisepuh satunggal - satunggal ingkang sampun naté kadongakaken panjenenganipun margi saking sangeting anggènipun nganiaya titiyang Muslimin. lng nalika punika ugi Kanjeng Nabi nguwuh-uwuh makaten: “Lah apa ta kowé saiki wis nyatakaké

Ut. omong ingkang tanpa nalar

Page 226: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Panyilah Juz XIX 980

32 Lan para kang padha kafir acalathu: Yagéné Quran iku ora diturunaké marang dhèwèké sa-pisan babar pisan? Wis kaya mangkono iku (anggon Ingsun anurunaké), perluné Ingsun anggo anetepaké atinira, apa déné iku Ingsun urutaké kalawan runtut.1784

33 Lan ora kena ora, manawa dhèwèké padha anekakaké buktimarang sira, masthi Ingsun iya anekakaké (bukti) marang sira kalawan nyata sarta katerangan kang luwih becik.1785

dhéwé yèn janjine Pangéranmu iku nyata? Sayekti aku wis nyatakake dhéwé yèn apa kang kajanjèkaké Pangéran marang aku iku nyata temenan.” Sampun boten wonten semang-semangipun malih, bilih ingkang dipun karsakaken Kanjeng Nabi, punika piweca-piweca ingkang terang gamblang saha ceplos punika; inggih punika piweca-piweca ingkang anggènipun ngundhangaken sampun nalika jaman wiwitan.

1784. tegesipun: nglempakaken saha ngurutaken kalayan tuntut pérang- péranganing ginem (ukara) (LL). Dados tegesipun, Quran punika anggènipun katurunaken saking sakedhik, sapérangan-sapérangan, perlunipun supados wahyuning Pangéran punika dados tuking kasantosan tumrap panggalihipun Kanjeng Nabi, ing sadanguning panjenenganipun’ ngalami santun-sumantuning kawontenan. Kajawi punika, kanggé anulak pandakwa, bilih wahyu Quran punika lastantun namung dados klempakaning dhawuh sapérangan-sapérangan ingkang boten tumata, ingkang tumurunipun gagayutan kaliyan kawontenan-kawontenan ingkang béda-béda, tur boten wonten sambetipun antawising satunggal lan satunggalipun, kanggé anulak pandakwa wau, dipun dhawuhaken, bilih ingkang ngurutaken dhawuh Quran punika inggih Pangéran Pribadi. Dados kalayan tembung ingkang terang gamblang, ayat punika anduwa panginten lepat, ingkang amastani bilih ingkang ngurutaken Quran punika Bagéndha Abu Bakar utawi Bagéndha Utsman, jalaran miturut ayat punika urut-urutanipun dhawuh Quran (kados déné ingkang mujud ing jaman samangké punika; Pen.). punika mijil saking kaparenging karsanipun Pangéran Pribadi, kelampahanipun sampun nalika jaman sugeng-ipun Kanjeng Nabi Suci, inggih punika ing nalika jaman sugengipun tiyang ingkang nampèni wahyuning Pangéran wau piyambak.

1785. Matsal tegesipun katerangan gagambaran, kawontenan, utawi prakawis, tuwin dipun anggé tembung ngibarat kalayan mengku teges kawontenan ingkang anelahi utawi anggumunaken (Ll), utawi ateges hudjah, jawinipun bukti (TA). Suraosipun: para titiyang wau mesthi boten badhé nyungulaken /

pitakènan ingkang anèh (Kf: ) utawi mabeni kalayan pawadan ingkang aèng(JB: ), ingkang dèrèng kaparingan wangsulanipun wonten ing Quran Suci kalayan nyata, sarta ingkang kateranganipun ingkang langkung prayogi dèrèng kasebutaken ing Quran. Terangipun malih: samangsa piyambakipun sami nyungulaken pitakènan ingkang anèh utawi mabeni kalayan pawadan ingkang aèng, ing Quran Suci mesthi sampun wonten wangsulanipun ingkang kalayan nyata, malah sampun wonten kateranganipun ingkang langkung saé. Ayat punika masang tatalesing piwulang ingkang wigatos, inggih punika: Quran Suci punika boten namung isi wangsulan dhateng sawarnining rembag ingkang mabeni Quran kémawon, nanging ugi ngawontenaken bukti-bukti, ingkang ing kayektèning samukawis ingkang sampun kapangandikakaken. Cekap katerangaken sakedhik, bilih boten wonten satunggal kémawon kitab sucining agami ing jagad punika, ingkang nyakup paugeran makaten punika. Pranyata ingkang makaten wau anélakaken, bilih

Ut. prakara

Page 227: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 25 Wulang wuruk 981

34 (Déné) para kang kalawan nglangsur ing rainé bakal diimpun marang naraka, iku padha ana ing kaanan kang luwih ala sarta luwih sasar saka ing dadalané.

RUKU’ 4

Wulang-wuruk mirid saking pandumipun umat ingkang rumiyin-rumiyin

35-39. Umat sapinten-pinten kala rumiyin sami dipun sirnakaken. 40. Tiyang Makkah sami boten purun ngalap pémut dhateng pandumipun umat wau. 41-44. Sami nyenyéda Kanjeng Nabi sarta sami amberung anggènipun sasar.

35 Lan sayekti temen Ingsun wus aparing Kitab marang Musa sarta Ingsun wus andadèkaké kanthiné, (yaiku) Harun, saduluré, dadi panulung.a

36 Tumuli Ingsun ngandika: Sira sakaroné padha mangkata marang (nagarané) wong kang padha ang-gorohaké marang timbalan-tim-balan-Ingsun; tumuli iki padha Ingsun lebur babar pisan.

37 Anadéné umaté Nuh – bareng padha anggorohaké para Utusan, padha Ingsun kelem sarta padha Ingsun dadèkaké tandha tumrap para manusa, sarta Ingsun nyawis-aké siksa kang nglarani tumrap para kang atindak dudu;

38 Apadéné ‘Ada lan Tsamudb

tuwin para kang manggon ing Rass sarta sapirang-pirang turunan saan-tarané iku.1786

lenggahipun Quran punika angungkuli sakathahing kitab suci, sarta bilih wahyu Quran punika wahyu ingkang peng-pengan, ingkang kawasa nyekapi kabetahanipun ruhani sadaya para manusa ing saben jaman.

1786. Miturut Zj, Rass punika namanipun dusun ingkang dipun dunungi déning sapéranganing pancer Tsamud. Ngulami sanès mastani bilih Rass punika namanipun kitha ing Yamamah (TA). Tembung Rass taksih gadhah teges sanès-sanèsipun malih, kadosta ateges sumur, sarta kacariyos bilih para titiyang Rass punika ummat ingkang nyemplungaken nabinipun dhateng salebeting sumur (JB).

a. 1584

Ar. lan

a. 903 b. 911

Page 228: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Panyilah Juz XIX 982

39 Lan kabèh baé wus Ingsun gelari tepa-tuladha sarta kabèh padha Ingsun lebur kalawan lebur babar pisan.1787

40 Lan sayekti temen dhèwèké wis (kerep) padha liwat ing kutha, kang diudani udan ala.1788 Lah apa ta ora sumurup iku? Balik malah padha ora angarep-arep bakal tinangèkaké manèh.

41 Lan samangsa dhèwèké padha andeleng ing sira, ora liya pangang-gepé marang sira kajaba mung kanggo guguyon: Apa iki sing dijumenengaké déning Allah dadi utusan?

42 Mèh baé aku padha kena disasaraké dhèwèké saka sesemba-han-sesembahanku, ajaa aku padha teguh pangidepku! Lan manawa wis padha andeleng siksa, bakal padha weruh sapa kang luwih sasar saka ing dalan.

43 Apa sira wis weruh wong kang angalap sesembahan hawa nafsuné dhéwé?1789 Apa ta sira bakal dadi pangayoman tumrap marang dhèwèké?

Awit saking punika saged ugi ingkang dipun karsakaken punika para sadhèrèkipun Kanjeng Nabi Yusuf, awit para sadhèrèk wau sami nyemplungaken Kanjeng Nabi Yusuf wau dhateng salebeting sumur.

1787. Suraosipun: saben-saben turunan mesthi sami kaparingan pèpènget bab leburipun asarana cacariyosan tuwin tepa-tuladhanipun ummat ing sadèrèng-dèrèngipun ingkang sampun sami sirna; nanging margi boten mraduli dhateng pèpènget wau, piyambakipun lajeng sami dipun lebur kados déné ummat sanès-sanèsipun wau.

1788. Kitha punika kitha Sadum, kaprenah wonten ing margi dhateng Siriyah.1789. Ayat punika anedahaken sapinten wiyaring pangertosan syirk utawi mangéran kathah manut

Quran Suci. lngkang dipun lepataken punika boten namung menembrah brahala kémawon, nanging manut kalayan muta-tuli dhateng hawanapsunipun piyambak punika ugi kalepataken. Kathah kémawon tiyang ingkang nganggep awakipun piyambak dados kawulanipun Allah ingkang sawiji, nanging menggah ing sajatos-jatosipun sami sujud dhateng brahalanipun ingkang ageng piyambak, inggih punika hawanapsunipun piyambak. Ing agami sanès boten wonten piwulang tauhid ingkang sampurnanipun ngantos kados makaten punika.

Ar. ing iku

Page 229: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 25 Wulang saking ngalam 983

44 Utawa apa sira ngira, mana-wa dhèwèké iku kang akèh-akèh padha ngrungokaké utawa ngerti? Dhèwèké iku mung kaya rajakaya; o, balik malah padha luwih sasar saka ing dalan.

RUKU’ 5

Wulang saking wasitaning ngalam

45-55. Wilasanipun Allah sarta manusa anggènipun boten gadhah panarimah. 56-58. Kanjeng Nabi kedah tawakal (sumendhé) dhateng Allah. 59, 60. Mahamurahipun Allah sarta emohipun para tiyang nyembah brahala dhateng punika.

45 Apa sira ora andeleng marang (pakaryaning) Pangéranira, kapriyé anggon-É anggelar ayang-ayangan? Lan lamun Panjenengané angar-sakna, amasthi iku didamel tetep; tumuli srengéngé Ingsun dadèkaké panuduh ingatasé iku;

46 Tumuli iku Ingsun pundhut marang (ngarsa)-Ningsun kalawan pamundhut saka sathithik.1790

47 Lan Panjenengané iku Kang wus andadèkaké wengi minangka tutup tumrap marang sira sarta (andadèkaké) turu minangka pale-reman, apa déné raina minangka kanggo tangi.

48 Lan Panjenengané iku Kang angutus angin minangka warta bubungah, acacala (tumuruning) wilasa-Né; sarta Ingsun anurunaké banyu suci saka ing mendhung,

1790. Ayat punika lan ayat ingkang sampun, punika nerangaken bilih Gusti Allah punika pangrengkuhipun dhateng kawula-Nipun sakalangkung welas lan asih. Panjenenganipun boten karsa nglebur sami sanalika kawula-Nipun. Suryaning katulusan sampun malethèk, sarta sampun wonten tandha-tandhanipun pepeteng badhé sirna; nanging, boten prabéda lan ingkang tumindak ing alam wadhag, pepeteng wau boten badhé sirna sami sanalika, wangsul akaliyan sarenti, suda saking sakedhik.

Page 230: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Panyilah Juz XIX 984

49 Supaya iku Ingsun anggo anguripaké tanah kang mati1791

sarta Ingsun anggo angombèni titah-Ingsun rajakaya lan manusa sapirang-pirang.

50 Lan sayekti temen iku Ingsun ambal-ambali marang dhèwèké, supaya padha élinga, ananging akèh-akèhing manusa padha mopo, ora liya kajaba mung padha ange-mohi.

51 Lan lamun Ingsun angarsak-na, masthi Ingsun anjumenengaké juru-pépéling ing siji-sijining kutha.1792

52 Mulané aja manut para kafir, sarta dhèwèké padha tandangana nyrempeng sarana iku kalawan panyarempeng kang gedhé.1793

1791. Sih-wilasanipun Gusti Allah, ingkang wontenipun ing alam wadhag awujud jawah, wonten ing dalem wahyu asifat ruhaniyah. Boten prabéda lan toya suci saking mendhung punika saged anggesangaken bumi ingkang pejah, lah makaten ugi toyanipun suci wahyu saking Panjenenganipun, punika inggih kawasa anggesangaken tiyang ingkang pejah ruhaniyahipun.

1792. Labet saking anggènipun tansah angèngeti sabda pangandika punika, déné para sahabatipun Kanjeng Nabi Suci sami sumiyar dhateng ing pundi-pundi panggènan, dhateng saben kitha ingkang tebih-tebih, kalayan ambekta wasita lan pèpènget ing agaminipun. Suprandéné teka sakedhik timen para Muslimin jaman samangké, ingkang katiyupan ing grengseng badhé kayektèning dhawuh-dhawuhipun Quran.

Perlu dipun pèngeti bilih ayat punika boten kok cengkah kaliyan pratélan ing 35: 24 tuwin ing panggènan sanès, ingkang mangandikakaken bilih saben bangsa mesthi kajumenengan nabi. Juru-pèpènget boten kajumenengaken ing saben kitha, nanging kajumenengaken ing saben bangsa(Ummat).

1793. Ayat punika saged suka pasaksèn ingkang terang bab tegesipun tembung jihâd ingkang kagem wonten ing Quran Suci. Umum angakeni bilih surat punika tumurun ing nagari Makkah, dados boten nyebutaken bab prakawis perang. Miturut ayat punika, sawarnining panyarempeng anyebaraken /

yakti, punika jihâd namanipun; malah-malah winastan jawinipun: jihâd kang gedhé. Déné mila perang karana nglabuhi agami punika kanamakaken jihâd, awit kalayan angèngeti kawontenanipun, sok wonten masakalanipun perang punika perlu sanget kanggé gesangipun sarta karaharjanipun yekti, sarta saupami botena dipun idini perang, yakti mesthi lebur atanpa tilas. Para mufassirin sadaya kémawon sami nganggep jihâd ing ngriki mengku teges kados ing nginggil wau. Kula aturi rnirsani Bd, Rz, AH tuwin sanès-sanèsipun. Kedah dipun pèngeti bilih jihâd ingkang ageng piyambak, ingkang saged katindakaken para Muslimin, punika ajihâd ingkang asarana Quran sanès ingkang asarana pedhang awit sampun boten wonten semang-semangipun mulih dlamir hi (ingkang wonten ing jarwan ing nginggil dipun tegesi: kalawan; iki) ing wekasaning ayat, punika wangsul dhateng Quran.

Ar. antara-né

Ar. jihad

Ar. jihad

Page 231: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 25 Wulang saking ngalam 985

53 Lan Panjenengané iku Kang anglastarèkaké miliné sagara loro; kang siji tawa, amarèkaké ngelak,lan sijiné asin anyalitaké; lan Panjenengané adamel aling-aling saantarané loro iku sarta papager kang kukuh.1794

54 Lan Panjenengané iku Kang anitahaké manusa saka banyu, tumuli Panjenengané andadèkaké tumrap marang dhèwèké kula-warga-dharah sarta kulawarga saka maratuwa,1795 lan Pangéranira iku Kawasa.

55 Lan dhèwèké padha ngawu-lani saliyané Allah, barang kang ora makolèhi sarta mitunani ma-rang dhèwèké; lan wong kafir iku panulung lumawan Pangérané.1796

56 Lan ora liya Ingsun angutus sira iku kajaba minangka juru wawarta kabungahan sarta juru-pépéling.1797

1794. Sampun terang, ingkang dipun karsakaken saganten kalih, punika golongan kakalih, para angèstu tuwin para kafir: para angèstu kasanépakaken kaliyan saganten toya tawa, para kafir kasanépakaken kaliyan saganten ingkang toyanipun asin. Kakalihipun wau sami wontenipun wonten ing jagad punika, asisih-sisihan satunggal lan satunggalipun, sarta kakalihipun badhé lastantun makaten.

1795. Pamanggih kula dhawuh punika nyasmitani bab hijrah dhateng Madinah. Kanjeng Nabi punika kaliyan titiyang ing Makkah gagayutan kulawarga pancer saking ingkang rama, sarta kaliyan titiyang ing Madinah taksih gagayutan kulawarga pancer saking ingkang ibu. Rèhning kulawarganipun darah piyambak nganiaya dhateng panjenenganipun sarta malah sumedya badhé nyédani panjenenganipun, mila sapunika panjenenganipun dipun èngetaken bilih taksih kagungan kulawarga tiyang sanès ingkang gagayutanipun lantaran sésémahan. Surat punika tumurunipun nalika jaman wiwitan, sarta sampun boten wonten semang-semangipun malih bilih inggih margi wontenipun sasmita wonten ing wahyuning Pangéran makaten wau, mila ing wasananipun nalika nyarengi wekdal haji, Kanjeng Nabi lajeng ngupados pandhèrèk saking antawisipun titiyang Madinah.

1796. Tiyang kafir biyantu dhateng prakawis murang-yekti. Punika namanipun lumawan dhateng Pangéranipun, ingkang sampun anurunaken yakti ing jagad. Nanging piyambakipun kaparingan pèpènget, bilih sesembahanipun palsu boten badhé maédahi punapa-punapa dhateng piyambakipun.

1797. Kedah dipun pèngeti, bilih rèhning pawartos bibingah ingkang kaparingakcn lumantar Kanjeng Nabi Suci punika gumelaring sih-wilasanipun Pangéran, milanipun mesthi ngrumiyini pèpènget badhé dhumawahing siksa, inggih punika gumelaring dukanipun Pangéran. Ayat punika ugi

Ut. ngemor

Ut. anyegeri Ut. letih

Ar. makolè-hi marang dhèwèké

Page 232: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Panyilah Juz XIX 986

57 Calathua: Ingatasé prakara iku aku ora anjaluk pituwas ma-rang kowé kabèh, kajaba sapa sing karep, supaya angalap dadalan marang Pangérané.

58 Lan kumandela marang Kang-Gesang, Kang-ora-séda, sarta mahasucèkna kalawan puji-Né; lan wus cukup Panjenengané iku, waspada ing kaluputaning kawula-Né.1798

59 Kang anitahaké langit-langit lan bumi tuwin apa kang ana ing saantarané ing dalem nem mangsa,sarta Panjenengané angasta purba wisésa ing karaton iku;a Ingkang-Mahamurah: mulané takona pra-kara iku marang kang waspada.1799

60 Lan nalika dhèwèké padha dicalathoni: Padha sumungkema marang Ingkang-Mahamurah, pa-dha calathu: Lan apa ta Ingkang-Mahamurah iku? Apa aku iki padha kudu sumungkem marang barang kang koparéntahaké ma-rang aku? Lan iku angundaki pamaléngosé.a

RUKU’ 6

Tumindaking éwah-éwahan

61. Papadhang ageng lan alit. 62. Bibar peteng lajeng padhang. 63-74. Éwah-éwahan ingkang tumindakipun jalaran saking rawuhipun Kanjeng Nabi: Pratélan kawontenanipun para pandhèrèkipun. 75, 76. Pituwasipun. 77. Pidananipun tiyang ingkang anggorohaken.

anedahaken, bilih Kanjeng Nabi punika langkung dhangan mintonaken welas lan asih katimbang nandukaken wawales. Wonten ing saben papan palagan, ingkang makaten wau tansah kabuktèkaken dumugi tindak déning panjenenganipun, dhateng para mengsah-mengsahipun.

1798. Milanipun Panjenenganipun punika langkung udani bénjing punapa anggènipun badhé andhawahaken siksa lan sinten ingkang badhé dipun dhawahi siksa wau.

1799. Kang-Waspada punika Gusti Allah, inggih punika Ingkang-Waspada ing samukawis. Utawi dhawuh punika kénging dipun tegesi: Mulane takona prakara Panjenengane marang kang waspada.Manawi dipun tegesi makaten, kang waspada punika Kanjeng Nabi, inggih punika ingkang sinung ma’rifat jati ing Pangéran.

Ut. dina

a. 895

a. 978

Ut. Panjene-ngané

Page 233: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 25 Tumindaking éwah-éwahan 987

61 Mahabarkah Panjenengané, Kang wus andadèkaké lintang-lintang ana ing langit sarta wus andadèkaké srengéngé apa déné rembulan kang sumunar.

62 Lan Panjenengané iku Kang wus andadèkaké wengi lan raina gilir gumanti, tumrap sapa kang sumedya arep éling apa arep sumedya sukur.

63 Lan kawulané Ingkang-Mahamurah iku para kang padha lumaku ing bumi kalawan andhap asor, sarta samangsa dicalathoni wong bodho-bodho padha mang-suli: Rahayu.

64 Lan para kang ing wayah bengi padha (laladi) marang Pangérané kalawan sujud lan kalawan ngadeg.

65 Lan para kang padha munjuk: Dhuh, Pangéran kawula, mugi Tuwan angéngokaken siksa naraka saking kawula; saèstu siksa naraka punika awon ingkang tetep:1800

66 Saèstu, punika padunungan tuwin panggènan ingkang awon.

67 Lan para kang samangsa angetokaké bandha ora keladuk lan ora seret, ananging dumunung ana ing saantarané mangkono iku.

68 Lan para kang padha ora anyebut sesembahan liya anyar-tani Allah sarta padha ora ama- tèni jiwa kang dilarangi déning

1800. Garâm tegesipun satunggaling barang, ingkang tiyang boten saged uwal saking ngriku.

Ar. diyan

Ar. nipun

Ar. lan

Page 234: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Panyilah Juz XIX 988

Allah, kajaba kalawan bebener, apa déné padha ora laku bandrèk; lan sapa sing nglakoni mangkono iku, bakal olèh wawalesing dosa;

69 Siksa bagéané iku ing dina kiyamat bakal ditikelaké lan dhèwèké bakal manggon ing kono dumunung ing kanisthan;

70 Kajaba sapa-sapa sing tobat sarta angèstu apa déné anglakoni panggawé becik; lah iku, Allah angijoli panggawéné ala (kalawan) panggawé becik, lan Allah iku Aparamarta, Mahaasih.

71 Lan sapa-sapa sing tobat lan anglakoni panggawé becik, lan sa-yekti iku mratobaté marang Allah (kalawan) pitobat (kang utama).

72 Lan para kang padha ora anglairaké pasaksi goroh sarta samangsa angliwati barang ala-lahan liwaté kalawan ambek kahurmatan.

73 Lan para kang samangsa padha diélingaké ing timbalan-timbalan Pangérané ing kono padha ora niba kalawan ambudheg lan micek.

74 Lan para kang padha munjuk: Dhuh, Pangéran kawula, mugi Tuwan apaparing ing kawula asre-ping paningal ing sémah-sémah kawula tuwin turun kawula, saha mugi Tuwan andadosaken kawula dados pangajeng tumrap para ingkang anjagi dhirinipun (saking awon).

Page 235: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 25 Tumindaking éwah-éwahan 989

75 Iku bakal padha diganjar papan kang dhuwur amarga saka anggoné padha sabar, sarta ana ing kono bakal padha olèh pahargya lan rahayu,1801

76 Padha manggon ing kono; becik padunungan lan palerepan iku.

77 Calathua: Pangéranku ora ba-kal mraduli marang kowé kabèh manawa ora jalaran saka panem-bahmu; mangka temen kowé padha anggorohaké (kasunyatan), mulané (siksa) tetep bakal tumuli teka.

1801. Gagambaranipun tiyang tulus ingkang katerangaken wonten ing ngriki, punika anedahaken sapinten genging pambangunan ingkang dumados déning rawuhipun Kanjeng Nabi Suci. Umat ingkang klelep wonten ing juranging kanisthan, kabangun dados kawulaning Pangéran ingkang tulusipun kados makaten wau.

___________

Page 236: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

SURAT 26

ASY-SYU’ARÂ’

(Para juru-kidung)

KADHAWUHAKEN ING MAKKAH

(11 ruku’, 227 ayat)

Pathinipun:

Ruku’ 1. Kanjeng Nabi linipur. Ruku’ 2-4. Lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa. Ruku’ 5. Lalampahanipun Kanjeng Nabi Ibrahim. Ruku’ 6-10. Lalampahanipun Kanjeng Nabi Nuh, Hud, Shalih, Luth, tuwin Syu’aib. Ruku’ 11. Titiyang Makkah sami dipun pèpèngeti.

Namanipun

Namanipun surat punika Asy-syu’arâ’, jawinipun Para juru-kidung, inggih punika mirid saking ayat 224 ingkang nyebutaken juru-kidung; ing ngriku kalayan cetha kasasmitakaken bilih Quran Suci punika sanès anggitanipun juru-kidung, awit Quran punika babar pisan boten wonten ingkang ngèmperi anggitanipun juru-kidung. Perlu dipun pèngeti bilih ingkang asring pandakwanipun mengsah ingkang bingung dhateng Quran Suci punika mastani manawi Quran punika anggitanipun juru-kidung. Quran asring nulak pandakwa punika. Ing ngriki panulak wau kadhawuhaken kalayan sampurna tur kalayan patitis sarana anedahaken bilih pakaryanipun Kanjeng Nabi lan piwulangipun Kanjeng Nabi, punika riricikanipun sami kaliyan pakaryan saha piwulangipun para andika nabi ingkang rumiyin-rumiyin, babar pisan boten wonten saminipun manawi kaliyan padamelanipun juru-kidung.

Ingkang kawarsitakaken

Para nabi ingkang kasebutaken wonten ing ngriki, punika sami kaliyan ingkang kasebut wonten ing surat 7, namung tumrap ing surat punika urut-urutanipun béda kaliyan ing surat 7, jalaran ing surat 7 dipun urutaken manut jamanipun. Sababipun déné andharan bab Kanjeng Nabi Musa dipun rumiyinaken, punika kasebutaken ing wingking, inggih punika mengku sedya dhawuh anggatosaken bilih lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa punika ingambalan malih wonten ing lalampahanipun Kanjeng Nabi Muhammad saw. Wonten ing ruku’-ipun surat punika ingkang wiwitan piyambak Kanjeng Nabi kaparingan panglipur, sarta kadhawuhan sampun ngantos sanget-sanget anggènipun sungkawa panggalihipun margi para titiyang Makkah sami kafir, makaten ugi inggih sampun ngantos mupus telas pangajeng-ajengipun saged ambangun para titiyang wau, awit kudrat dumadosipun manusa, punika ing wasananipun boten kénging boten mesthi andaga boten purun manembah dhateng barang-barang ingkang langkung asor utawi sami kaliyan piyambakipun piyambak (mirsanana 1807). Lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa katerangaken wonten ing ruku’ candhakipun titiga, wiwit nalika andhatengaken ayahanipun dhateng raja Fir’aun, ngantos dumugi temahipun ingkang cilaka mencit sang raja wau, dalah sawadyabalanipun wonten ing Saganten Abrit. Ruku’ ingkang kaping gangsal ngambali bab Kanjeng Nabi Ibrahim, awit panjenenganpiun punika tumrap kula sami ingkang nyambet antawisipun trah Israil lan trah Isma’il, utawi antawisipun nabi agung kakalih, Kanjeng Nabi Musa lan Kanjeng Nabi Muhammad saw. Gangsal ruku’ sambetipun mligi angandharaken lalampahanipun Kanjeng Nabi Nuh, Hud, Shalih, Luth tuwin Kanjeng Nabi Syu’aib urut manut jamanipun. Nasib ingkang kasandhang déning umatipun nabi-nabi wau, kénging winastan dados pèpènget tumrap mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi, bab punika kalayan cetha kawarsitakaken wonten ing ruku’-ipun surat punika ingkang wingking piyambak.

Page 237: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 26 Para juru kidung 991

Gathuking suraosipun tuwin titimangsaning tumurunipun

Surat titiga, inggih punika surat 26, 27 tuwin 28 punika dados sagolongan, boten namung margi sasambetan bab-ipun ingkang dados jejering rembag kémawon, nanging ugi kagolong nunggil ing jaman. Tiga-tiganipun wau sadaya kagolong dhateng jaman Makkah tengahan, sarta sampun boten wonten semang-semangipun malih wonten ing Makkah tumurunipun. Tumrap tiga-tiganipun wau sadaya bab ingkang baku piyambak punika cariyosipun Kanjeng Nabi Musa; sadaya kawiwitan saking duk kalanipun Kanjeng Nabi Musa kajumenengaken dados nabi wonten ing Redi Sina, kalayan kaparingan ampilan ayahan ingkang mligi dhateng raja Fir’aun, sarta wekasaning cariyos raja Fir’aun kablebeg wonten ing Saganten Abrit. Anggènipun nglembara titiyang Israil ing pawingkingipun, boten kasebutaken wonten ing ngriku. Dhapuring cariyos tumrap ing surat tiga wau sadaya, saged paring ular-ular dhateng kula sami, punapa ingkang dados jejering rembag lan kados pundi sasambetanipun kaliyan ingkang sampun kawarsitakaken ing ngajeng. Prayogi pinèngetan bilih surat 25 mangandikakaken furqân utawi tandha-yekti ageng ingkang kawasa nyilahaken, ingkang kaparingaken dhateng Kanjeng Nabi; lah surat tiga punika menggah ing sajatos-jatosipun maringi furqân utawi tandha-yekti ingkang kawasa anyilahaken, ingkang kaparingaken dhateng Kanjeng Nabi Musa, inggih punika kados déné ingkang kasebutaken ing ayat 84, kelemipun titiyang Mesir wonten ing Saganten Abrit. Dados tumrap tiga-tiganipun wau sadaya cariyos lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa punika pinungkasan kalayan lalampahan wau. Kanjeng Nabi Musa, punika nabi ingkang wonten ing Quran Suci kasebutaken marambah-rambah dados conthonipun Kanjeng Nabi Muhammad saw. margi saking piwecanipun ing Pangandharing Toret 18: 15-18. Ing jagad boten naté wonten nabi satunggal kémawon kajawi Kanjeng Nabi Muhammad saw. ingkang ngaken bilih rawuhipun punika dumunung anjangkepi wahananipun piweca wau. Bab punika sampun kadhawuhaken supados dipun gatosaken wonten ing surat ingkang sampun tumrap golongan punika. Dados, surat ingkang kaping 25 anjanjèkaken furqân, utawi tandha-yekti, ingkang kalayan ambabar-pisani badhé anyilahaken antawisipun yakti lan panggorohan tumrap Kanjeng Nabi Muhammad saw. Surat titiga sambetipun anerangaken bilih tandha-yekti ingkang kados makaten wau sampun naté kaparingaken dhateng Kanjeng Nabi Musa, ingkang rawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw. punika nyarupèni ing panjenenganipun wau, makaten ugi anerangaken bilih lalampahanipun nabi agung Bani Israil wau dipun ambali malih déning Nabi agung Bani Isma’il. Dados golonganipun surat tiga punika kénging winastan dados tuladha ingkang anggenahaken surat nginggilipun ingkang dipun sambeti. Prakawis sanès ing surat punika ingkang ugi sasambetan kaliyan surat ingkang sampun, inggih punika surat punika nulak pandakwa ingkang kasebutaken wonten ing surat ingkang sampun, inggih punika pandakwa bilih Kanjeng Nabi punika juru-kidung, awit kados déné ingkang katerangaken ing ngajeng, ing surat punika katerangaken bilih pakaryan ingkang dipun wigatosaken ing salamining sugengipun Kanjeng Nabi, punika sanès pakaryaning juru-kidung.

Ayat sakawan ing wekasaning surat punika déning sawenèh para saged kakinten manawi tumurunipun punika wonten ing Madinah; nanging nalar-nalaripun mastani makaten wau boten dipun terangaken. Kosokwangsulipun, ayat-ayat wau kalayan terang gamblang mekasi surat punika kalayan nulak pandakwa dhateng Quran Suci warni kalih ingkang wigatos piyambak. Ingkang kasedya déning Quran punika anucèkaken gesangipun para pandhèrèkipun milanipun mesthi botenipun manawi Quran punika damelanipun sétan, kadosta pangucapipun para tukang-pethèk; awit para tukang-pethèk lan para juru-kidung punika boten naté gadhah gagayuhan sedya ingkang luhur kados déné badhé ambangun gesangipun manusa punika. Dados, ayat-ayat ingkang wekasan piyambak, inggih punika ingkang nerangaken para juru-kidung, punika péranganipun surat punika ingkang baku, tanpa punika uruting sambet-sumambetipun bukti nama boten sampurna. Langkung-langkung malih ayat-ayat wau lajeng kanggé namakaken surat punika, milanipun boten memper sanget manawi ayat-ayat wau pisah kaliyan péranganipun surat punika ingkang sabagéan ageng let sadasanan utawi kalihwelasan taun.

_____________

Page 238: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para juru-kidung Juz XIX 992

RUKU’ 1

Kanjeng Nabi linipur

1, 2. Kitab ingkang terang. 3. Kanjeng Nabi dhinawuhan sampun sungkawa déning anggènipun tiyang sami boten angèstu. 4. Tandha, ingkang andadosaken piyambakipun sami badhé asor. 5. Para juru-pépémut punika masthi dipun gugujeng. 6. Kadadosanipun anggugujeng. 7-9. Pratandhanipun kasunyatan.

Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, Ingkang-Mahaasih.

1 Allah Ingkang-wilasa-Né ang-limputi, Ingkang-Miyarsa, Ing-kang-Angudanèni.1802

2 Iki ayat-ayaté Kitab kang agawé terang.1803

3 Bokmanawa ta nganti sira anglalu jiwanira saking prihatin amarga dhèwèké padha ora angèstu.1804

1802. Wawaton ingkang rumiyin-rumiyin boten wonten ingkang nerangaken tegesipun aksara-aksara punika. Déné teges ingkang kula anggé punika awawaton katerangan ingkang manawi dipun urut, pantog dumugi wawaton ingkang kina piyambak sarta ingkang kénging dipun gondhèli. Inggih punika, aksara-aksara punika sadaya mengku teges sawenèh sifatipun Pangéran. Milanipun, thâpunika lajeng kula anggé tembung lathîf, tegesipun Allah ingkang wilasa-Nipun anglimputi, sin punika sami’, tegesipun Ingkang-Miyarsa, déné mîm punika ‘alim tegesipun Ingkang-Angudanèni. Suprandéné kula inggih ngaturaken panyuraos sanèsipun malih. Satunggal- satunggalipun surat golongan punika, mesthi dipun bukani mawi aksara-aksara saminipun aksara-aksara wau, namung wonten ing surat 27, mîm, aksara ingkang wekasan boten kasebutaken. Lah, ing rèhning bab ingkang mligi kapangan-dikakaken wonten ing surat-surat punika bab anggènipun Kanjeng Nabi Suci Musa tampi timbalan wonten ing Redi Sina, milanipun thâ sîn punika saged mengku karsa Thuri Sina, jawinipun: Redi Sina, déné mim saged mengku teges Musa. Dados ing dalem aksara-aksara punika mengku karsa dhawuh migatosaken dhawuh timbalanipun Pangéran ingkang kadhawuhaken dhateng Kanjeng Nabi Musa wonten ing Redi Sina, ingkang minangka pasaksèn ingkang sakalangkung cetha ing tumurunipun wahyu Quran. lngkang makaten punika dipun kiyataken malih pratélan ingkang terang gamblang, ingkang kasebutaken wonten ing surat golongan punika ingkang wekasan piyambak, inggih punika: titiyang kafir mastani wahyu ingkang katampi Kanjeng Nabi Musa lan Kanjeng Nabi Muhammad – mugi-mugi rahayu lan nugrahanipun Allah tetep ing panjenenganipun kakalih – punika sami déné apus-krama kémawon. Dhawuh ing 28: 46-49 prayogi kapèngetana ingkang mligi, ingkang anedahaken bilih wahyu Musa punika minangka pasaksèn ing kayektèning wahyu ingkang kaparingaken dhateng Kanjeng Nabi Suci.

1803. Warni-warni tiyang anggènipun negesi, kadosta dipun tegesi kitab ingkang adamel terang sabarang prakawis ingkang kabetahaken, utawi kitab ingkang adamel cetha pratélanipun haq (yakti) saged pilah kaliyan bâtil (murang-yakti). Déné tembung mubin punika isim fâ’il (rimbag kriya-wacaka) saking tembung kriya abâna, ingkang tegesipun wicanten kalayan cetha terang.

1804. Nabi sanès-sanèsipun saged ugi wonten ingkang ngesotaken (ngla’nati) satunggaling umat,

Page 239: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 26 Kanjeng Nabi linipur 993

4 Lamun Ingsun angarsakna, amasthi Ingsun anurunaké tandha saka ing langit marang dhèwèké, satemah padha tundhuk tumelung guluné.1805

5 Lan ora kena ora, saben ana pépéling anyar saka Pangérané anekani dhèwèké, amasthi padha mléngos saka ing kono.

6 Mangka temen dhèwèké padha anggorohaké (kasunyatan), mulané bakal tumuli teka marang dhèwèké wartané barang kang padha di-guguyu.1806

7 Apa ta padha ora andeleng marang bumi – pira baé ing kono anggon Ingsun wus anukulaké sarupaning jinis kang adi?1807

sarta memèngeti umat wau kasangsaran ingkang badhé dipun sandhang. Nanging boten wonten satunggal kémawon nabi ingkang prihatosipun margi ngraosaken badhé nasibipun umatipun, kados déné Kanjeng Nabi Suci Muhammad, (mugi-mugi rahayu lan nugrahanipun Allah tetep ing panjenenganipun!). Lantaran wahyuning Pangéran panjenenganipun inggih dipun paringi pirsa badhé leburipun umat ingkang awon: nanging panjenenganipun boten lajeng ngesotaken utawi ngla’nati umat ingkang awon wau, wangsul malah kalayan genging kaprawiran nyarempeng ing sakiyat-kiyatipun badhé milujengaken umatipun, sarana ngawontenaken pambangunan ingkang ageng wonten ing antawisipun umat wau. Kalangkung déning sanget anggèning panjenenganipun mrihatosaken pambangunan wau, ngantos wonten ing dhawuh ngriki katerangaken, panjenenganipun mèh suduk jiwa margi saking sungkawa. Pranyata punika trenyuhing manah ingkang sakalangkung sanget, margi mrihatosaken sangsaranipun para manusa; trenyuh ingkang tumus dumugi ing tindak, ingkang mijil saking panggalihipun juru-pambangun ingkang sajati, sanès bangsaning wicara ingkang nanangi hardaning manah utawi sanès wicara manohara yasanipun tukang-ngalamun.

1805. Tandha makaten wau sampun katurunaken wonten ing perang Badar tuwin nalika bedhahipun nagari Makkah. Nalika perang Badar para panuntunipun sami nandhang asor, nalika bedhahipun Makkah sami teluk.

1806. Ingkang sami dipun gugujeng punika piweca-piweca badhé dhumawahing siksa calon bebahanipun piyambak tuwin kamenanganipun Islam. Wartané, punika tegesipun kanyataan utawi kayektèn ingkang badhé dipun gelar ngégla samangsa piweca-piweca wau kanyataan wahananipun.

1807. Manawi makaten, manusa, titahing Allah ingkang lahur lan mulya piyambak, punika punapa rneksa boten purun nganggé idham-idhaman ingkang luhur, sarta lajeng purun mantuni anggènipun remen sujud dhateng barang damelanipun piyambak utawi barang-barang, ingkang manut panganggepipun kawasa mangrèh? Teka memelas temen manusa punika! nadyan sampun sami rumaos ing kabodhohanipun, déné purun sujud dhateng barang pejah, meksa taksih gadhah panganggep, bilih leres kémawon sujud dhateng tiyang, ingkang inggih kados piyambakipun piyambak makaten! Saya memelas malih, déné sasampunipun uwal saking pangandelipun ingkang sasar wau, piyambakipun meksa taksih purun sujud dhateng pepénginan tuwin hawanapsunipun, ingkang kula-wisuda kawasa mangrèh kados déné panganggepipun dhateng sadaya barang ing jagad punika!

Page 240: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para juru-kidung Juz XIX 994

8 Sayekti ing kono iku temen ana tandha, ananging dhèwèké iku sing akèh padha ora angèstu.

9 Lan sayekti, Pangéranira iku temen Ingkang-Mahamulya, Ing-kang-Mahaasih.

RUKU’ 2

Lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa

10 Lan nalika Pangéranira nimbali Musa, pangandikané: Sira anekanana bangsa kang anganiaya,

11 Bangsané Fir’aun; apa ta dhèwèké ora bakal padha anjaga dhiriné (saka ing ala?)

12 Unjuké: Dhuh Pangéran ka-wula, kawula kuwatos, manawi piyambakipun sami anggorohaken kawula.

13 Sarta dhadha kawula dados rupek tuwin lisan kula boten tram-pil,1807A mila mugi Tuwan angutus ing (kakang) Harun (supados angréncangi kawula);a

14 Lan piyambakipun sami andhawahaken kalepatan dhateng kawula; milanipun kawula kuwa-tos, manawi piyambakipun ame-jahi kawula.1808

1807A. Punika ingkang wonten ing panggènan sanès kasebat bundhelaning lisan. Ing 20: 27 Kanjeng Nabi Musa nyuwun dhateng Pangéran: Tuwin mugi Tuwan nguculi bundhelan saking lisan kawula. Ing ngriki ingkang makaten wau katembungaken: Tuwin lisan kula boten trampil. Kula aturi mirsani: 1583.

1808. Ingkang dipun karsakaken punika anggènipun Kanjeng Nabi Musa sampun naté mejahi tiyang Mesir, ingkang kasebutaken ing 28: 15. Perlu dipun pèngeti bilih Kanjeng Nabi Musa namung munjuk: titiyangipun Fir’aun andakwa panjenenganipun kagungan kalepatan, dados boten kok panjenenganipun lepat saèstu, utawi inggih boten panjenenganipun dosa wonten ing ngarsanipun Allah. Kados déné ingkang katerangaken ing 1811 tuwin ing 1875 manut kaadilan Kanjeng Nabi Musa boten saged kadakwa nglampahi dosa pejah; nanging titiyangipun Fir’aun ingkang atindak-dédé, gadhah pamrih badhé nyepeng panjenenganipun mawi lalandhesan pandakwa wau.

a. 28: 20

Page 241: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 26 Lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa 995

15 Pangandika-Né: Ora bakal, mulané sira sakaroné mangkata kalawan tandha-tandha-Ningsun; sayekti Ingsun anyartani sira, Miyarsa:

16 Mulané padha nekanana Fir‘aun, banjur calathua: Saèstu kula punika sami utusanipun Pangéran ing ngalam sadaya:1809

17 Mugi paduka dhawuhi supa-dos para turun Israil tumut kula tiyang kakalih.

18 (Fir’aun) calathu:1810 Apa nalika isih bocah kowé ora dak opèni ana ing (panggonan)-ku? Lan tataunan lawasé olèhmu manggon ana ing (panggonan)-ku.

19 Lan kowé wus nglakoni pang-gawému kang wus kolakoni, lan kowé iku golongané wong kang padha ora weruh ing panarima.

20 Calathuné: Punika anggèn kula nglampahi nalika kula taksih golonganipun tiyang ingkang dèrèng sumerep margi ingkang leres.1811

1809. Sok wonten ingkang maoni, déné tembung rasul punika dipun anggé wonten ing ukara mangka tembung rasûl punika mufrad (tembung aran ingkang nélakaken cacah satunggal), jer pancènipun wonten kalih. Para mufassirin sami anerangaken, bilih rasûl ing ngriki ateges risâlah, utawi ayahan, sarta tembung wau lajeng kaanggep sami kaliyan tembung dhu-risâlah,jawinipun ingkang ngampil ayahan kenabian (Kf). Nanging,kados déné ingkang katerangaken LL, awawaton Mgh tuwin TA, rasûl ingkang ateges utusan, punika kados déné tembung ‘aduww (mengsah) lan siddiq (mitra), sarta sami kémawon, punapa dipun anggé mudhakkar (jaler) punapa mu’annats(èstri), mufrad (satunggal), tatsniyiah (kalih) punapa jama’ (kathah). Salajengipun inggih makaten punika kanggénipun wonten ing kasusastran Arab, minangka tuladhanipun, kidunganipun Abu Dhu’aib ing ngandhap punika kasebutaken: Jawinipun: Kowé dadia kongkonankumarang dhèwèké, déné becik-beciké kongkonan iku endi kang luwih mangerti ing babagan wates-watese pawarta (M-LL). Lah ing kidungan ngriku tembung mufrad:rasûl dipun anggé kanggé tembung jama’ rusul.

1810. Adatipun Quran boten mawi nyebutaken paprincèning cariyos ingkang sabagéan kathah, samangsa boten kagem kanggé andhawuhaken prakawis ingkang badhé kadhawuhaken.

1811. Salah satunggaling tegesipun tembung dlalla, inggih punika: bingung utawi kuwur, sarta

Page 242: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para juru-kidung Juz XIX 996

21 Milanipun kula lumajeng saking ing ngriki sareng kula ajrih dhateng paduka, tumunten Pangé-ran kawula aparing kawicaksanan dhateng kula sarta andadosaken kula dados golongananipun para utusan.

22 Lan punika punapa kasaénan ingkang paduka anggé angunda-mana dhateng kula, déné paduka angathiplakaken para turun Israil?1812

23 Fir’aun calathu: Lan sapa ta Pangéran ngalam kabèh iku ?

24 Calathuné: Ingkang mangé-rani langit-langit lan bumi sarta punapa ingkang wonten ing saanta-wisipun kakalih punika, manawi paduka badhé yakin.

25 (Fir’aun) acalathu marang kang ana ing sakiwa tengené: Apa kowé ora padha krungu?

26 Aturé: Pangéran paduka lan Pangéranipun para luluhur paduka ing rumiyin-rumiyin.

27 Calathuné: Sayekti utusanmu, kang diutus marang kowé iku temen édan.

boten saged sumerep margi ingkang leres. Anggènipun negesi Rz ing tembung dlall ing ngriki: kuwur, boten saged nguningani kados pundi kedahipun. Kula aturi rnirsani ugi 2756. Déné mila Kanjeng Nabi Musa miyagah nandukaken pidana piyambak dhateng tiyang ingkang lepat, punika margi nalika punika panjenenganipun kuwur panggalihipun ing bab kados pundi lekas ingkang kedah katindakakan, milanipun Musa banjur anjotos dhèwèké (28: 15) Yektinipun pejahipun tiyang wau namung kapinujon, boten jaragan kaangkah pejahipun; jalaran manawi namung anjotos mawi tangan kémawon, limrahipun dèrèng cekap kanggé jalaran pejahipun tiyang.

1812. Fir’aun angundamana dhateng Kanjeng Nabi Musa dupèh sampun naté ngopèni Kanjeng Nabi Musa nalika timuripun. Kanjeng Nabi Musa lajeng melèhaken Fir’aun anggènipun sampun andadosaken sagemblenging bangsa Bani Israil dados kethiplak, nalikung bangsa Bani Israil wonten ing salebeting pangawulan ingkang sakalangkung asor ngantos sawarnining idham-idhaman ingkang luhur sirna babarpisan. Bangsa Bani Israil namung kapurih nindakaken pandamelan ingkang ina déning Fir’aun tuwin titiyang Mesir, milanipun boten sami dipun idini dados tiyang luhur wonten ing Mesir. Lah inggih pangawulan punika, ingkang sinebut ngathiplakaken ing ngriki punika.

Ar. paduka

Page 243: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 26 Lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa 997

28 Calathuné: Pangéran Wétan lan Kilèn sarta punapa ingkang wonten ing antawisipun, manawi paduka amangertos.

29 Calathuné: Manawa kowé angalap sesembahan saliyané aku, amasthi kowé bakal dakdadèkaké éwoning wong kang padha kinunjara.1813

30 Calathuné: punapa inggih sa-najan kula andhatengaken barang cetha dhateng paduka?

31 Calathuné: Jajal iku tekakna, manawa kowé iku golongané para wong temen.

32 Mulané dhèwèké anguncal-aké tekené, lah ing kono iku ula kang terang.a

33 Lan dhèwèké angatonaké tangané, lah ing kono, iku katon putih tumrap para kang padha andeleng.b

RUKU’ 3

Lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa

34 (Fir’aun) calathu marang para panggedhé ing sakiwa tengené: Sayekti iki juru-kemayan kang julig,

1813. Sesembahanipun tiyang Mesir punika tanpa wilangan kathahipun. Wonten sesem-bahan-sesembahan ingkang bangsa alus, wonten malih sesembahan-sesembahan saking bangsaning titah ing jagad punika, sesembahan-sesembahan manusa, tuwin sesembahan-sesembahan kèwan. Cekakipun, agaminipun nembah brahala tiyang Mesir, punika kénging katembungaken kalayan ringkes, kados anggènipun nerangaken En. Br. (jilid IX, kaca 51) makaten: “Yektinipun tumrap tanah Mesir ing jaman kina, kénging katembungaken makaten: Ing bab yasa sesembahan, ing ngriku boten wonten telasipun.” Dados anggènipun Fir’aun ngaken dados sesembahan wonten ing antawisipun bangsa ingkang remen manembah dhateng barang punapa kémawon, punika namung kagèndèng kawontenan. Dhawuh Quran punika boten mengku teges, bilih Fir’aun dados salah satunggaling sesembahanipun tiyang Mesir saèstu, wangsul namung ngaken, supados Kanjeng Nabi Musa ngaken sesembahan dhateng piyambakipun.

a. 926, 1581

b. 926; 1581

Ar. meruhi

Page 244: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para juru-kidung Juz XIX 998

35 Sumedya ngetokaké kowé saka ing nagaramu kalawan kema-yané; mulané kapriyé pamrayoga-mu?

36 Padha matur: Piyambakipun lan sadhèrèkipun mugi kapari-ngana sumené saha mugi ang-lampahaken utusan dhateng ing kitha-kitha:

37 Supados sami anyowanaken sawarnining juru-kemayan ingkang julig dhateng paduka.

38 Tumuli para juru-kemayan padha dikumpulaké ing wayah kang tinamtu, ing dina kang katetepaké.

39 Lan didhawuhaké marang wong-wong: Apa kowé kabéh padha ngumpul?

40 Manawa-manawa aku bakal padha manut para juru-kemayan, yèn iku sing padha unggul.

41 Bareng para juru-kemayan padha teka, padha matur marang Fir’aun: Punapa kula sami badhé angsal ganjaran, manawi kula ingkang sami unggul?

42 Calathuné: Iya, karo manèh temen kowé bakal banjur kagolong para kang kaparek (marang aku).

43 Musa calathu marang dhè-wèké: Padha nguncalna apa sing arep padha kouncalaké.

44 Tumuli padha anguncalaké dhadhung-dhadhungé sarta teken-tekené karo padha calathu: Dhemi kamulyané Fir’aun, sayekti temen iku sing bakal unggul.

Ar. meruhi

Ut. papan

Page 245: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 26 Lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa 999

45 Tumuli Musa anguncalaké tekené. Lah ing kono, iku angun-tali apa panggorohané.a

46 Tumuli juru-kemayan padha ambruk, sumungkem.b

47 Padha calathu: Kula sami angèstu ing Pangéranipun sadaya ngalam.

48 Pangéranipun Musa lan Harun.

49 Calathuné: Kowé padha pracaya marang dhèwèké sadu-rungé aku awèh idin marang kowé; sayekti dhèwèké iku temen pang-gedhému, kang mulang kemayan marang kowé; lah kowé bakal padha weruh: Amasthi kowé bakal padha dak kethoki tanganmu lan sikilmu aseling sisih, lan amasthi kowé bakal padha dak penthèng kabèh.

50 Padha matur: Boten dados punapa, saèstu dhateng Pangéran kawula wangsul kawula:

51 Saèstu kawula sami anga-jeng-ajeng, mugi Pangéran kawula angapunten kawula ing kalepatan kawula, déning kawula punika wiwitanipun para tiyang mukmin.

RUKU’ 4

Lalampahanipun Kanjeng Nabi Musa

52 Lan Ingsun amedhar sabda marang Musa, sabda-Ningsun: Lungaa karo kawula-Ku ing wayah bengi; sayekti sira bakal padha diburu.

a. 929

b. 930

Ut. déning (anggonmu) lumawan

Page 246: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para juru-kidung Juz XIX 1000

53 Tumuli Fir’aun kongkonan anyuruhi ing kutha-kutha:

54 Sayekti, iku (mung) sapantha cilik temenan:

55 Lan sayekti dhèwèké iku wus agawé muring marang aku:

56 Lan sayekti aku iki temen golongan-gedhé kang prayitna.

57 Tumuli dhèwèké padha Ing-sun wetokaké saka ing patamanan sarta susumberan.

58 Tuwin donya-brana apa déné padunungan kang minulya.

59 Kaya mangkono (kalakoné). Lan iku Ingsun warisaké marang turun Israil.1814

60 Tumuli padha amburu dhè-wèké ing wayah mlethèking sre-ngéngé.

61 Bareng wadyabala loro iku padha weruhé, para sahabaté Musa acalathu: Temen aku padha katu-tutan.

62 Calathuné: Ora pisan-pisan; sayekti Pangéranku anyartani aku; Panjenengané bakal atedah dalan marang aku.

63 Tumuli Ingsun amedhar sabda marang Musa, pangandika-Ning-sun: Ngupayaa dalan ing sagara

1814. Dlamir: ‘iku’ punika wangsul dhateng patamanan saha susumberan lan sapiturutipun ing saumumipun, dados boten mligi patamanan, sapiturutipun, ingkang (manut dhawuh ing ngajeng) titiyang Mesir kawedalaken saking ngriku. Warisan patamanan lan rajabrana wau, anggènipun kapa-ringaken dhateng titiyang Israil wonten ing tanah Kan’an inggih punika tanah ingkang kajanjèkaken mili puhan lan mili rnadu.

Ut. gedhong bandha

Ar. anggi-tika

Page 247: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 26 Lalampahanipun Kanjeng Nabi Ibrahim 1001

kalawan papanthanira.1815 Tumuli piyak, banjur siji-sijining pilahané kaya gunung gedhé.1816

64 Lan ing kono (golongan kang sawiji) Ingsun cedhakaké liyané.

65 Lan Ingsun anylametaké Musa karo kabèh kang anyartani dhèwèké.

66 Tumuli Ingsun angelem liyané.

67 Sayekti, ing sajroné iku temen ana sawijining tandha, ananging akèh-akèhé padha ora angèstu.

68 Lan sayekti, Pangéranira iku temen Ingkang-Mahamulya, Ing-kang-Mahaasih.

RUKU’ 5

Lalampahanipun Kanjeng Nabi Ibrahim

69 Lan sira amacakna caritané Ibrahim marang dhèwèké.

1815. Ukaraning dhawuh punika sami kaliyan Déné kateranganipun ingkang warni-warni sampun katerangaken ing 96. Ing panggènan sanès dhawuh ingkang makaten wau, kadhawuhaken kalayan sabda pangandika ingkang makaten ungelipun /

ingkang jawinipun “banjur dhèwèké padha gawèkna dalan garing ana ing sagara” (20: 77). Ing ngriku dhawuh ngupados margi punika ugi tembung idlrib ingkang dipun agem. Kula aturi mirsani 82, 1593.

1816. Saganten piyak lan nisih, dadosipun ngawontenaken margi ingkang garing (20: 77) tumrap /

para titiyang Israil punika saged ugi ingkang dipun karsakaken titiyang Mesir tuwin titiyang Bani Israil, utawi saged ugi papanthanipin titiyang Israil, awit margi saking kathahing jiwanipun, perlu dipun pantha-pantha dados pinten-pinten pantha. Utawi saged ugi tegesipun punika, nalika ombakipun nisih (surut) ombak wau kados redi ageng. Ing dalem dhawuh boten wonten ingkang nedahaken bilih saganten wau dipun pérarg-pérang dados pinten-pinten pérangan. Prayogi dipun pèngeti pisan, tembung thaud punika tegesipun redi, barang ingkang inggil, utawi bumi ingkang manglung amingklik-mingklik (TA-LL), malah satunggaling juru- kidung dipun anggé kalayan mengku teges punuking unta (LA-LL).

Ar. tekanUt. panthan, ombaké

Ar. lan

Page 248: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para juru-kidung Juz XIX 1002

70 Nalika dhèwèké calathu ma-rang tutuwanéa sarta bangsané: Apa kang padha kokawulani?

71 Padha calathu: Aku padha ngawulani brahala, dadi aku iki bakal padha dadi pandhèrèké.

72 Calathuné: Apa iku krungu (panguwuh-)mu samangsa kowé padha nguwuh?

73 Utawa apa makolèhi apa mitunani marang kowé?

74 Padha calathu: Ora, ananging aku padha manoni bapak-bapakku padha nglakoni kaya mangkono iku.

75 Calathuné: Lah apa wis padha kopramanakaké barang kang padha kokawulani iki:

76 Kowé lan bapak-bapakmu ing kuna-kuna?

77 Sayekti, iku mungsuh tu-mrapé aku, ananging Pangéraning ngalam kabèh ora (mangkono):

78 Kang anitahaké aku, tumuli Panjenengané iku atedah dalan aku.

79 Lan Panjenengané iku Kang aparing mangan lan ngombé marang aku:

80 Lan samangsa aku lara Panjenengané banjur marasaké.

81 Lan Kang bakal aparing pati tumuli aparing urip marang aku.

a. 790 Ut. sembah

Ut. nembah

Ar. dhèwèké

Ar. nemu

Ut. angen-angen Ut. sembah

Ar. dhèwèké iku

Ut. nyata

Page 249: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 26 Lalampahanipun Kanjeng Nabi Ibrahim 1003

82 Lan kang dak arep-arep ing dina pancasan bakal aparing pa-ngapura marang aku ing kalu-putanku:1817

83 Pangéran kawula! mugi Tuwan aparing kawicaksanan ing kawula saha anggolongaken ka-wula kaliyan para tulus:

84 Saha mugi Tuwan andados-aken pocapan utami tumrap dhateng kula ing antawisipun para titiyang ing tembé:a

85 Saha mugi Tuwan andados-aken kawula dados golonganipun para ingkang sami amaris taman kabegjan:

86 Saha mugi aparing pangapun-ten dhateng sesepuh kawula, saèstu piyambakipun punika kalebet golonganipun para tiyang sasar:

87 Saha mugi sampun anga-soraken kawula ing dintenipun (titiyang) sami tinangèkaken.

88 Ing dinten, ingkang bandha, anak-anak boten badhé migunani.

89 Kajawi sinten ingkang marek ing Allah kalayan manah wilujeng.

90 Lan taman iku dicedhakaké tumrap kang padha anjaga dhiriné (saka ing ala).

1817. Labet saking anggènipun tansah ngrumaosi ing kasèkènganipun, mila para andika nabi punika tansah nyuwun pangreksanipun Allah. Tetembungan bangsanipun ingkang kados makaten punika, boten wonten sanès suraosipun, kajawi namung ateges medharaken kasèkènganipun manusa wonten ing ngarsaning mahasampurnanipun Pangéran, dados boten kok dados pratandha, bilih sami nandhang dosa. Kula aturi nandhing kaliyan pangandikanipun Gusti Yesus ingkang saèmper kados makaten wau suraosipun, inggih punika pangandika ingkang asuraos ngakeni ing kasèkènganipun: “kapriyé déné aku koarani utama? Ora ana kang utama kajaba mung siji, yaiku Allah “(Mat. 19.17). Punika boten ateges bilih Yesus punika tiyang awon, wangsul wonten ing ngarsaning Pangéran, Tuking

Ut. nyata

a. 1550

Ut. piyam-bakipun

Page 250: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para juru-kidung Juz XIX 1004

91 Lan naraka iku bakal di-katonaké tumrap kang padha léna,1818

92 Lan bakal padha dipangan-dikani: Endi barang kang padha sira kawulani.

93 Saliyané Allah? Apa padha bisa mitulungi sira utawa mitu-lungi awaké dhéwé?

94 Banjur bakal padha dicem-plungaké ing kono, dhèwèké sarta para kang padha léna iku,

95 Apa déné para wadyabalané iblis, kabèh.

96 Bakal padha calathu, karo ana ing kono padha padu:

97 Dhemi Allah! temen aku padha ana ing sajroning sasar kang tétéla,

98 Nalikané aku padha ama-dhakaké kowé karo Pangéraning kabèh ngalam:

99 Lan ora ana kang nasaraké aku kabèh kajaba para kang padha dosa:

100 Lah aku padha ora duwé juru-lantaran.

101 Lan ora duwé mitra kang tuhu:

sadaya kasaénan, sampun samesthinipun manawi panjenenganipun ngrumaosi, bilih manusa makaten boten gadhah wewenang sinebat saé.

1818. Naraka dipun katingalaken, punika nedahaken bilih naraka punika pancèn sampun wonten, nanging taksih sumingid saking mripating manusa; bénjing ing dinten kiyamat, naraka wau badhé kadamel cetha-pratéla.

Ut. kosem-bah

Ut. pantara

Page 251: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 26 Lalampahanipun Kanjeng Nabi Nuh 1005

102 Lah upama ta aku iki padha bisaa bali, amasthi aku bakal padha dadi éwoning para mukmin.

103 Sayekti, ing kono iku temen ana sawijining tandha, ananging sing akèh padha ora angèstu.

104 Lan sayekti Pangéranira iku temen Ingkang-Minulya, Ingkang-Mahaasih.

RUKU’ 6

Lalampahanipun Nabi Nuh

105 Kaumé Nuh anggorohaké para utusan.a

106 Nalikané Nuh, saduluré, acalathu marang dhèwèké: Apa kowé padha arep anjaga dhirimu (saka ing ala)?

107 Sayekti aku iki utusan kang pinitaya marang kowé kabèh:

108 Mulané padha anjagaa dhiri-mu (saka ing siksaning) Allah sarta padha ambangun-turuta marang aku:

109 Lan aku ora anjaluk pituwas marang kowé ingatasé prakara iku; pituwas muhung ana ngarsané Pangéraning kabèh ngalam.

110 Mulané padha anjagaa dhirimu (saka ing siksaning) Allah sarta padha ambangun-turuta marang aku.

111 Dhèwèké padha calathu: Apa aku dadak padha angèstu marang kowé, kang mangka singmanut marang kowé para wong asor?

Ar. lan

a. 901

Ar. lan

Page 252: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para juru-kidung Juz XIX 1006

112 Calathuné: Apa kawruhku marang barang kang padha di-lakoni?

113 Pétungané muhung ana ngarsaning Pangéranku, yèn ta kowé padha sumurupa:

114 Lan aku ora bakal nulak para mukmin:

115 Lan aku iki ora liya kajaba juru-pépéling kang tétéla.

116 Dhèwèké padha calathu: yèn kowé ora marèni, é, Nuh, amasthi kowé bakal dadi golongané para kang padha mati-binenturan.

117 Unjuké: Pangéran kawula! saèstu, kaum kawula sami ang-gorohaken kawula:

118 Mila mugi Tuwan amancasi antawisipun kawula kaliyan piyambakipun kaliyan pancasan (ingkang jejeg) saha mugi Tuwan milujengaken kawula saha para mukmin kanthi kawula.

119 Mulané Ingsun nylametaké dhèwèké sakanthiné ana ing prau akebak.

120 Tumuli, sawisé iku, Ingsun angelem sakariné.a

121 Sayekti, ing kono iku ana sawijining tandha, ananging singakèh padha ora angèstu.

122 Lan sayekti Pangéranira iku temen Ingkang-Mahamulya, Ing-kang-Mahaasih.

Ar. antawis-ipun piyam-bakipun

a. 1180

Ar. lan

Page 253: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 26 Lalampahanipun Kanjeng Nabi Hud 1007

RUKU’ 7

Lalampahanipun Nabi Hud

123 ‘Ad anggorohaké para utusan.b

124 Nalika Hud, saduluré, cala-thu marang dhèwèké: Apa kowé padha ora arep anjaga dhirimu (saka ing ala)?

125 Sayekti aku iki utusan kang pinitaya marang kowé kabèh:

126 Mulané padha anjagaa dhirimu (saka ing siksaning) Allah sarta ambangun-turuta marang aku:

127 Lan aku ora anjaluk pituwas marang kowé ing atasé prakara iku; pituwasku muhung ana ngar-sané Pangéraning kabèh ngalam:

128 Apa kowé padha angedeg-aké tandha (pangéling-éling) ing sarupaning enggon kang dhuwur? Muspra panggawému iku:1819

129 Lan kowé padha yasa bètèng santosa, amurih kowé padha lestaria:

130 Lan samangsa kowé anye-kel (uwong), anggonmu nyekel (kaya) para ambek-sawenang-wenang.

131 Mulané padha anjagaa dhirimu (saka ing siksaning) Allah sarta ambangun-turuta marang aku:

1819. Tembung ayah punika wantahipun ateges tandha. Ing ngriki tembung wau mengku teges griya inggil wonten ingkang murugaken kajuwara minangka dados tandhaning kaagungan. Sampun boten wonten semang-semangipun malih, bilih griya inggil punika dipun anggé kanggé nindakaken sawenang-wenang dhateng ngasanès, awit kados déné ingkang kacetha ing ayat 130, titiyang ‘Ad sami atindak wengis saha sawenang-wenang, déné awakipun piyambak sami rumaos aman wonten ing salebeting bebètèngipun.

b. 903

Ut. angalap

Page 254: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para juru-kidung Juz XIX 1008

132 Sarta padha dingati-ati (ing wajibmu) marang Kang lubèr paparing-É marang kowé barang kang kowé padha weruh:

133 Panjenengané lubèr apapa-ring marang sira arupa rajakaya lan anak akèh:

134 Apa déné patamanan lan susumberan:

135 Sayekti aku iki nguwatiraké kowé kabèh marang siksa ing dina kang agung.

136 Padha calathu: Ingatasé aku padha baé, apa kowé amituturi apa kowé ora dadi golongané para juru-pitutur.

137 Iki ora liya kajaba tata-carané wong kuna:1820

138 Lan ora bakal aku padha kena siksa.

139 Dadiné padha anggorohaké dhèwèké, mulané padha Ingsun lebur. Sayekti, ing kono iku temen ana sawijining tandha, ananging sing akèh padha ora angèstu.

140 Lan sayekti, Pangéranira iku temen Ingkang-Mahamulya, Ingkang-Mahaasih.

RUKU’ 8

Lalampahanipun Nabi Salih

141 Tsamuda anggorohaké para utusan;

1820. Terangipun, barang punika sadaya sampun wonten wiwit jaman kina.

Ar. kalawan Ar. anak-anak

Ar. utawa

Ar. lan

a. 911

Page 255: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 26 Lalampahanipun Kanjeng Nabi Salih 1009

142 Nalika Salèh, saduluré, acalathu marang dhèwèké: Apa kowé padha ora arep anjaga dhiri (saka ing ala)?

143 Sayekti aku iki utusan kang pinitaya marang kowé kabèh:

144 Mulané padha anjagaa dhirimu (saka ing siksaning) Allah sarta padha ambangun-turuta marang aku:

145 Lan aku ora anjaluk pituwas marang kowé ingatasé prakara iku; pituwasku muhung ana ing ngar-sané Pangéraning kabèh ngalam:

146 Apa kowé bakal padha ditogaké aman baé ana ing barang kang mangkéné iki:

147 Ana ing patamanan lan susumberan.

148 Sarta pagagan tuwin wit kurma kang mayangé lemes?

149 Lan kowé padha anatahi gunung kanggo omah kalawan suka parisuka:

150 Mulané padha anjagaa dhirimu (saka ing siksaning) Allah sarta padha ambangun-turuta marang aku:

151 Sarta aja padha ambangun turut marang paréntahé para kang langkah wates.

152 Kang padha agawé wisuna ing bumi sarta ora padha alaku tulus.

Page 256: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para juru-kidung Juz XIX 1010

153 Dhèwèké padha calathu: Kowé iku mung kalebu golongané para kang kena ing kemayan:

154 Ora liya kowé kuwi kajaba mung wong sapadhaku; mulané anekakna tandha yekti manawa kowé iku éwoning para wong temen.

155 Calathuné: Iki unta wadon;a

iki bakal olèh bagéan ombèn-ombèn lan kowé bakal padha olèh bagéan ombèn-ombèn ing wayah kang tinamtu:1821

156 Lan aja padha anggrayang iki kalawan piala, mundhak kowé padha kena siksané dina kang anggigirisi.

157 Ananging iku padha dipra-jaya, satemah padha getun.

158 Tumuli siksa anempuh dhè-wèké. Sayekti ing kono iku temen ana sawijining tandha, ananging sing akèh padha ora angèstu.

159 Lan sayekti Pangéranira iku temen Ingkang-Minulya, Ingkang-Mahaasih.

1821. Wonten ing ayat 149 katerangaken bilih kaum Tsamud sami natahi redi kanggé griya. Nitik dhawuh punika tuwin dhawuh ing 54: 28. sajakipun ing ngriku namung wonten sumber sakedhik, sarta bok manawi kémawon sumber-sumber wau dipun jagi sanget, bikakipun namung kala-kala, ing wekdal ingkang sampun katamtokaken. Sajakipun Kanjeng Nabi malih mundhut, supados unta-èstri wau dipun lilanana ngombé ing wekdal bikakipun sumber wau. Mirsanana kateranganipun dhawuh ing 54: 28. /

Dhawuh ing 54: 28 wonten tembungipun tegesipun, saben ngedum toya unta- èstri wau inggih angsal panduman utawi unta-èstri wau mesthi angsal panduman toya, samangsa sanès-sanèsipun inggih angsal ombèn. Pamundhut saminipun punika tumrap gagayeman, kasebutaken wonten ing 11: 64 kalayan dhawuh ingkang mungel makaten: “karebèn baé mangan ana ing bumining Allah.” Dhawuh wau ugi kasambetan dhawuh, kados déné sambetipun dhawuh mundhut ombèn punika, ingkang makaten ungelipun: “Lan aja kowé anggepok kalawan piala.”

Tembung syirb punika ateges ngombé, utawi toya ingkang dados pandumanipun satunggaling tiyang, utawi panggènan ngandum toya, utawi wekdal nyukani ombèn. Ing dalem kukum tembung wau ateges migunakaken toya kanggé ngoncori sabin lan kanggé ngombèni kéwan (LL).

a. 913

Ar. dadi wong kang getun

Ar. lan

Page 257: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 26 Lalampahanipun Kanjeng Nabi Luth 1011

RUKU’ 9

Lalampahanipun Nabi Luth

160 Kaumé Luth anggorohaké para utusan.

161 Nalika Luth, saduluré, cala-thu marang dhèwèké: Apa kowé ora padha arep anjaga dhirimu (saka ing ala)?

162 Sayekti aku iki utusan kang pinitaya marang kowé kabèh:

163 Mulané padha anjagaa dhirimu (saka ing siksaning) Allah sarta ambangun-turuta marang aku.

164 Lan aku ora anjaluk pituwas marang kowé ingatasé prakara iku; pituwasku muhung ana ing ngar-sané Pangéraning kabèh ngalam:

165 Apa! kowé padha anekani para wong lanang saka antaraning para titah,

166 Sarta aninggal apa kang wus katitahaké déning Pangéran-mu tumrap marang kowé kabèh, yaiku para rabimu? O, tetep kowé iku bangsa kang mlangkah wates.

167 Dhèwèké padha calathu: Manawa kowé ora anglèrèni, é, Luth, amasthi kowé dadi golo-ngané wong kang padha tinun-dhung.

168 Calathuné: Sayekti, aku iki éwoné wong kang padha sengit banget ing panggawému:

169 Pangéran kawula! mugi Tuwan milujengaken kawula saha ahli kawula saking punapa panda-melipun.

Page 258: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para juru-kidung Juz XIX 1012

170 Tumuli Ingsun nylametaké dhèwèké saahliné kabèh,

171 Kajaba wong wadon tuwa siji ing antarané para kang padha kèri.1822

172 Tumuli liyané iku padha Ingsun sirnakaké babar pisan.

173 Lan Ingsun angudanaké udan marang dhèwèké,a lah ala udan kang anibani para kang dipépélingi iku.

174 Sayekti ing kono iku temen ana sawijining tandha, ananging sing akèh padha ora angèstu.

175 Lan sayekti, Pangéranira iku temen Ingkang-Mahamulya, Ingkang-Mahaasih.

RUKU’ 10

Lalampahanipun Nabi Syu’aib

176 Para wong kang padha manggon ing grumbulan padha anggorohaké para utusan.1823

177 Nalika Syu’aib calathu ma-rang dhèwèké: Apa kowé ora padha arep anjaga dhirimu (saka ing ala)?

178 Sayekti, aku iki utusan kang pinitaya marang kowé kabèh:

179 Mulané padha anjagaa dhirimu (saka ing siksaning) Allah sarta padha ambangun-turuta marang aku:

1822. Inggih punika garwanipun Kanjeng Nabi Luth.1823. Punika sami kaliyan titiyang ing Madyan.

a. 918

Ar. lan

Page 259: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 26 Lalampahanipun Kanjeng Nabi Syu’aib 1013

180 Lan aku ora anjaluk pituwas marang kowé ingatasé prakara iku; pituwasku muhung mung ana ing ngarsané Pangéraning kabèh nga-lam:

181 Padha dikebak ing taker sarta aja padha dadi golongané para kang ngurangi:

182 Sarta padha nimbanga (ba-rang-barang) kalawan traju kang jejeg.

183 Lan aja padha angurangi barang-barang ing wong-wong sarta aja padha atindak rusuh ing bumi, agawé wisuna:

184 Lan padha anjagaa dhirimu (saka ing siksané) Kang anitahaké kowé kabèh sarta para bangsa sing dhisik-dhisik.1824

185 Dhèwèké padha calathu: Kowé iku rak mung golongané para kang kena ing kemayan:

186 Lan kowé iku ora liya kajaba mung uwong papadhaku sarta aku padha weruh yèn kowé iku temen éwoné wong-wong goroh:

187 Mulané (coba) nibakna gempalaning langit marang aku manawa kowé iku éwoné para wong temen.1825

1824. Tembung jibillah punika tegesipun watek, sifat, utawi wantu. Déné ing ngriki kaanggep sami kaliyan tembung jawinipun barang-barang ingkang katitahaken (Kf, Bd, JB).Nanging tembung jibillah punika ugi sami kaliyan tembung jibill, sarta para ahlibasa sami angakeni tembung kakalih wau mengku teges sami, inggih punika: kempalipun tiyang kathah utawi bangsa, utawi umat (Q-LL).

1825. Kisaf tegesipun pérangan (Rgh). Péranganing langit (gempalaning langit) tegesipun siksa saking langit, ingkang manut gagasanipun titiyang Madyan kaancamaken dhateng piyambakipun Kanjeng Nabi Syu’aib. Miturut JB, kisaf tegesipun siksa.

Ut. hak-haking

Page 260: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para juru-kidung Juz XIX 1014

188 Calathuné: Pangéranku lu-wih wikan marang apa kang padha kolakoni.1826

189 Ananging padha anggo-rohaké dhèwèké, mulané padha tinempuh ing siksaning dina kang anglimputi; sayekti iku siksaning dina kang anggigirisi.1827

190 Sayekti ing kono iku temen ana sawijining tandha, ananging sing akèh padha ora angèstu.

191 Lan sayekti Pangéranira iku temen Ingkang-Mahamulya, Ing-kang-Mahaasih.

RUKU’ 11

Para titiyang ing Makkah sami dipun pèngeti

192-195. Kanjeng Nabi Suci apèpènget dhateng tiyang ing Makkah. 196-199. Weca ing wewedharan ingkang rumiyin-rumiyin. 200-209. Sami anggégé siksa. 210-223. Ngajak dhateng katulusan sarta kasunyatan punika masthi sanès padamelanipun sétan. 224-227. Quran Suci sanès dadamelanipun juru-kidung.

192 Sayekti, iku wedharing dha-wuhé Pangéraning ngalam kabèh.

193 Ruh-Pinitaya tumurun kala-wan (angampil) iku,1828

194 Marang atinira, supaya sira dadi éwoning para juru-pépé-ling,1829

1826. Kedah dipun pèngeti bilih panyuwun dhumawahing siksa ingkang kaancamaken, punika mesthi lajeng kawangsulan kaliyan dhawuh, ingkang asuraos bilih prakawis wau wonten ing astanipun Allah. Nalika mengsah-mengsahipun para andika nabi ingkang sampun-sampun sami nyuwun dhumawahing siksa wau, dipun paringi wangsulan kados makaten wau, makaten ugi wangsulan ingkang dhateng panyuwunipun para titiyang Quraisy. Menggah ing sajatos-jatosipun dhawuh wangsulan ingkang kados makaten wau sami kémawon suraosipun kaliyan andhawuhaken, bilih prakawis wau mesthi badhé kelampahan kanthi sampurna.

1827. Dzu’llah punika tegesipun ayang-ayangan utawi tutup. Déné mila dinten dhumawahing siksa punika sinebut dintening tutup (dintening limput), awit dinten wau nutupi (anglimputi) para titiyang wau kalayan siksa.

1828. Ruh-Pinitaya punika rnalaikat Jibril, inggih punika ingkang ngampil wahyuning Pangéran ingkang kaparingaken dhateng Kanjeng Nabi Suci. Dados Al-Amin karawuhan Ruhu-l-Amin saking nginggil.

1829. Pangandika marang atinira, punika kanggé anedahaken bilih panggalihipun Kanjeng Nabi –

Ut. lilimput

Page 261: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 26 Titiyang Makkah dipun pèpèngeti 1015

195 Kalawan basa Arab kang terang.

196 Lan sayekti, iku temen ana ing sajroning kitab-kitabé para wong kuna-kuna.1830

197 Apa tumrapé dhèwèké kabèh iku ora dadi tandha, déné para ngulamané turun Israil padha nyumurupi iku?

198 Lan lamun iku Ingsun turunaké marang sawenèhing para wong manca,

199 Banjur macakaké iku ma-rang dhèwèké kabèh, iku dhèwèké ora bakal padha angèstu.1831

inggih ingkang nampèni wahyu ingkang kinawasa wau – punika terang manawi tansah tumanggap kala-yan setya tuhu dhateng kasunyatan agung ingkang kawahyokaken ing ngriku. Budipakerti luhur tuwin kasunyatan agung ingkang anglimputi sagung para manusa, ingkang sumimpen wonten ing dalem Quran, punika suka gagambaran dhateng kula sami, kados punapa gambaripun ingkang sajati sisifatan adiluhung tuwin budipakarti luhur kados ingkang kawengku ing dhawuh, ingkang kagolong tumurun rumiyin piyambak, ingkang ungelipun makaten: “Lan sayekti, temen sira iku anglungguhi budi pakarti kang luhur” (68: 4). Siti ‘Aisyah, garwanipun Kanjeng Nabi ingkang wicaksana punika – inggih punika tiyang ingkang uninga saèstu dhateng sugengipun Kanjeng Nabi ing sadinten dinten – nalika dipun suwuni pirsa bab prakawis budipakartinipun Kanjeng Nabi, ngandika makaten: jawinipun: Budipakartiné Kanjeng Nabi iku Quran. Pranyata punika pangandika wigatos saha adi-éndah tanpa sama, anggènipun anggambaraken budipakartinipun Kanjeng Nabi Suci. Dados karsanipun Siti ‘Aisyah, kalayan tetembungan ingkang cekak nyasmitakaken, bilih sadaya gagambaran ingkang angédab-édabaken, ingkang anggambaraken budipakarti luhur, ingkang kawahyokaken wonten ing Quran Suci, punika gambaring bubudènipun ingkang linuhung tiyang ingkang nampèni wahyu Quran (Kanjeng Nabi Suci Muhammad saw).

1830. Kados sampun cetha bilih ingkang dipun karsakaken ing ngriki punika, piweca-piwecanipun kitab suci ingkang sampun-sampun, langkung-langkung piweca piwecanipun kitabipun suci ummat Bani Israil. Sawènèhipun piweca-piweca wau, sampun kasebutaken wonten ing tafsir punika. Ing ngriki namung perlu kasebutaken satunggal malih, inggih punika ingkang kasebut wonten ing Yesayah 54. Ing ngriku kasebutaken “anak-anakipun tiyang èstri ingkang ijèn” punika kapilih angungkuli “anak-anakipun tiyang èstri ingkang gadhah sémah’’ Dhawuh-dhawuh ingkang nyebutaken titiyang Yahudi lan titiyang Nasrani, punika mesthi dhawuh ingkang tumurun ing Makkah. Kateranganipun Imam Sayuthi tuwin sanès-sanèsipun, ingkang amastani bilih ayat punika mesthi tumurun ing Madinah, dupèh mawi nyebutaken “para ngulamané turun Israil,” punika babar pisan boten wonten watonipun.

1831. Awit piweca sampun anélakaken kanthi cetha. bilih ingkang badhé nampèni wahyu punika bangsa Arab; mirsanana Yesayah 42: 11: “Sagara wedhi lan sakèhe kuthane anguluk-ulukna swarané, dalah saliring désa kang kadunungan bangsa Kedar.” Ing Prajanjian lami, Kedar, putranipun Kanjeng Nabi Isma’il, punika mengku teges bangsa Arab. Dados miturut piweca ing kina, wahju ingkang wekasan piyambak punika kedah kaparingaken dhateng satunggaling tiyang Arab.

Page 262: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para juru-kidung Juz XIX 1016

200 Kaya mangkono anggon-Ingsun anglebokaké iku marang jeroning atiné para wong nandhang luput.1832

201 Ora bakal padha angèstu marang iku nganti tumekané dhèwèké padha andeleng siksa kang anglarani;

202 Iku banjur dumarojog ane-kani dhèwèké sarta padha ora anggraita;

203 Banjur bakal padha calathu: Apa aku bakal padha diparingi sumené?

204 Apa malah padha anggégé marang siksa-Ningsun?

205 Lah, apa ta sira wus amra-manakaké: lamun dhèwèké wus padha Ingsun senengaké atataunan.

206 Tumuli apa kang diancam-aké, tumeka marang dhèwèké,

207 Barang kang ginawé anye-nengaké mau ora bakal makolèhi marang dhèwèké?

208 Lan Ingsun ora anglebur sawijining kutha kajaba manawa ing kono wus olèh juru-pépéling.

209 Kanggo angélingaké, lan ora pisan-pisan Ingsun iki anganiaya.

1832. Tegesipun, Quran punika kalebetaken dhateng manahipun para titiyang wau asarana tandhayekti ingkang ambuktèkaken ing kayektènipun, tur tandhayekti ingkang saged adamel yakin. Nanging kados déné ingkang kacetha wonten ing ayat sambetipun, para titiyang wau sami angemohi. Asring kémawon piyambakipun kepranan manahipun déning kayektènipun Quran sarta yakin dhateng kayektènipun Quran wau, nanging, kados déné ingkang kasebutaken kalayan cetha wonten ing panggénan sanès ing Quran Suci, para titiyang wau boten sami purun teluk, sadangunipun dèrèng kelampahan angsal tandhayekti kados ingkang kaparingaken dhateng para andika nabi ing kina.

Page 263: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 26 Titiyang Makkah dipun pèpèngeti 1017

210 Lan sétan-sétan ora padha tumurun kalawan iku;

211 Sarta ora mungguh tumrapé dhèwèké, apa déné (pancèn) padha ora bisa.

212 Sayekti, dhèwèké iku di-edohaké temenan saka ing krungu iku.1833

213 Mulané aja anguwuh se-sembahan liyané anyartani Allah, mundhak kowé dadi éwoné para kang padha siniksa.

214 Lan apépélinga marang sanakira kang cedhak,1834

215 Lan disumanak marang para mukmin kang anut ing sira.

216 Déné manawa dhèwèké padha andhaga ing sira, lah sira calathua: Sayekti aku iki wisuh saka sabarang panggawému.

1833. Bukti makaten punika sami kaliyan bukti ingkang naté kapangandikakaken Gusti Yesus makaten: “Sarta Sétan saupama nundhung Sétan, dadi pancèn adredah lan awaké dhéwé” (Mat. 12: 26). Kaselak mokal manawi Quran punika asli saking sétan utawi tiyang awon, jalaran Quran punika ngajak dhateng katulusan, jer tiyang ingkang atindak awon mirengaken pangajakipun Quran kémawon mesthi sampun boten purun. Kajawi punika, saupami Quran punika inggih nyata yasanipun sétan, yekti boten wonten sanès ingkang langkung kumacèlu ngajengi Quran wau kajawi inggih para atindak awon. Kula aturi mirsani ugi ayat 221-223 tuwin 1836.

1834. Nalika ayat punika katurunaken, Kanjeng Nabi Suci lajeng minggah ing redi Shafa sarwi nguwuh (nimbali) namanipun pancer satunggal-satunggal. Sareng utusanipun sadaya pancer sampun sami ngalempak – sawenèh ingkang dhateng wonten ing ngriku kadosta tiyang Quraisy tuwin Abu Lahab, mengsahipun bubuyutan Kanjeng Nabi Suci – Kanjeng Nabi lajeng medhar sabda makaten: “Kapriyé manawa aku martani ing kowé kabèh, yèn ana mungsuh andingkik ing kowé ana jujurang perlu arep nempuh ing kowé: apa kowé padha ngandel marang kandhaku?” Sadaya ingkang wonten ing ngriku lajeng asaurpeksi: “Iya! sabab aku kabèh ora tau nrenjuhi kowé ngucapake goroh.” Kanjeng Nabi lajeng ngandika: “yèn mangkono, padha weruha yèn aku iku juru-pépéling marang kowé kabèh ing siksa kang wis parek tekane.” Abu Lahab ingkang candhala ing budi punika lajeng wicanten: “Wong cilaka kowé iku! apa mung kok kon mangkéné iki olèhmu nglumpukaké aku kabeh iki?” (Bkh). Nanging punika boten ateges Kanjeng Nabi Suci boten naté memèngeti para titiyang wau ing sadèrèng -dèrèngipun. Dangu ing sadèrèngipun tumurun surat punika panjenenganipun sampun dhawah anggènipun dados juru-pèpènget dhateng sadaya bangsa (25: 1).

Ar. ngrepe-pehna suwi-winira

Ut. lebaran

Page 264: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Para juru-kidung Juz XIX 1018

217 Lan sira pasraha marang Ingkang-Mahamulya, Ingkang-Mahaasih,1835

218 Kang amirsani sira nalikané sira ngadeg.

219 Sarta mobah mosikira, ing antarané para kang padha sujud (maring Allah).

220 Sayekti Panjenengané iku Ingkang-Miyarsa, Ingkang-Angu-danèni.

221 Apa kowé padha gelem dak terangaké sapa sing dituruni sétan?

222 Padha tumurun marang sarupaning wong dora-cara, dosa:

223 Padha anilingaké pangru-ngu sarta sing akèh padha wong goroh.1836

224 Déné para juru-kidung, iku wong sasar padha miturut.

225 Apa kowé ora weruh, yèn dhèwèké iku padha klambrangan ana ing sarupaning lèlèngkèh?1837

226 Lan yèn padha angan-dhakaké apa kang awaké ora anglakoni,1838

1835. Ing ngriki Kanjeng Nabi kadhawuhan pasrah dhateng ingkang-Mahamulya, Ingkang- Mahaasih. Mèh saben ruku’ ing surat punika mesthi dipun pungkasi kalayan dhawuh punika. Ingkang makaten punika anedahaken, bilih anggènipun mangandikakaken nasib kojur ingkang dipun sandhang mengsah-mengsahipun para andika nabi ingkang sampun-sampun, punika namung perlu kanggé memèngeti mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi. Sifat mahamulya punika kagem amedharaken bilih Pangéran punika kawasa niksa dhateng tiyang duraka, déné sifat mahaasih kanggé anedahaken bilih tiyang tulus mesthi badhé manggih rahayu tuwin kamenangan.

1836. Bab ingkang karembag ing ayat 212 dipun wangsuli malih wonten ing ngriki, sarta dhawuh punika ngiyataken ingkang sampun karembag wonten ing 1833.

1837 Terangipun: sami atanpa tuju purugipun.1838. Ing sakawit titiyang kafir mastani bilih Quran punika yasanipun sétan. Sareng katedahaken

cengkahipun pandalih wau kaliyan watak-wantunipun Quran tuwin kaliyan katulusan ingkang

Ar. miturut dhèwèké

Ut. jujurang

Page 265: Quran Suci Jarwa Jawi — Javanese Translation and Commentary … · 2010-10-04 · tanah Mesir sarta paring pèpènget saminipun punika lumantar Quran Suci, lajeng pinungkasan kalayan

Surat 26 Titiyang Makkah dipun pèpèngeti 1019

227 Kajaba para kang padha angèstu sarta anglakoni panggawé becik, tuwin padha akèh élingé maring Allah apa déné padha nang-gulangi ing sawisé kina-niaya:1839 lan para kang padha anganiaya bakal padha weruh, temah marang pabalèn apa ang-goné bakal padha bali.

kawulangaken Quran, piyambakipun lajeng gentos mastani bilih Quran punika yasanipun juru-kidung. Kanggé mangsuli rembag makaten punika, piyambakipun lajeng sami dipun dhawuhi, bilih ing Quran boten pinanggih wonten titik-titikanipun bilih yasan juru kidung. Juru-kidung boten gadhah tujuan, wangsul Quran wonten ingkang dipun maksud, inggih punika ambangun murih sucinipun gesanging tiyang ingkang manut dhateng Quran. Kaping kalihipun, para juru-kidung punika namung ngucapaken barang-barang ingkang boten dipun lampahi, wangsul Kanjeng Nabi, panjenenganipun punika boten namung tiyang ingkang mulangaken katulusan kémawon, nanging ugi dados tepa-tuladha nindakaken ngantos dumugi ing tindak samukawis ingkang kawulangaken. Titimbangan ingkang wigatos piyambak inggih punika: para juru-kidung boten saged ngucapaken piweca-piweca kados déné ingkang kasebut ing dalem Quran punika. Lah inggih bab prakawis punika, ingkang kapèngetaken wonten ing ayat candhakipun.

1839. Dhawuh punika anerangaken gambaripun para mukmin sajati ing saumumipun. Dhawuh pratélan énggal kawiwitan kalayan tembung illa (kajaba). Utawi inggih kénging kasuraos mengku karsa mligi mangandikakaken para juru-kidung ing antawisipun titiyang mukmin.

____________