upacara adat sekaten dari indonesia

2
Sekaten Sekatèn (dijupuk saka tembung syahadatain utawa rong kalimat sahadat) yaiku salah sawijining upacara adat minangka wujud rasa syukur masarakat Islam Jawa Tengah sing dilaksanakaké saben sasi Mulud penanggalan Jawa kanggo meringati lahiré Nabi Muhammad SAW. Jaman mbiyèn upacara iki dianggo dening Sultan Hamengkubuwana I, pangadeg Kraton Ngayogyakarta kanggo ngundang masyarakat mlebu agama Islam. Ing upacara Sekatèn iku rangkaian adicara sing paling ditunggu yaiku metuné gamelan keraton Nyai Nagawilaga lan Nyai Gunturmadu kanggo diunèake ing Pagongan Mesjid Gedhé Kraton Ngayogyakarta. Gamelan iku diarak saka Bangsal Pancaniti marang Mesjid Gedhé banjur kanggo ditabuh seminggu suwéné lan disiaraké nganti dalan Malioboro saéngga nambah suasana budhaya Kutha Yogyakarta. Puncak adicara Sekatèn ditandhai kanthi metuné sejumlah gunungan sing disebut Grebeg Mulud, sing dhasaré nggambaraké sedhekahing para raja marang rakyaté lan nyimbolaké kasejahteraan. Parayaan Sekatèn dipungkasi kanthi adicara Bedhol Songsong utawi péntas wayang kulit ing pagelaran Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Ing adicara Sekatèn uga digawé panggung kesenian sing nggelar festival seni tradisi lan religi, lan dianakaké serangkaian kegiatan ékonomi sing diwujudke kanthi pasar rakyat utawa disebut Pasar Malam Perayaan Sekaten (PMPS) sing digelar suwéné 40 dina.

Upload: ahmad-pram-prayogo-pangestu

Post on 18-Jun-2015

244 views

Category:

Education


0 download

DESCRIPTION

Informasi Upacara adat Sekaten Dari Indonesia yang merupakan upacara adat yang berasal dari jawa

TRANSCRIPT

Page 1: Upacara adat sekaten Dari Indonesia

SekatenSekatèn (dijupuk saka tembung syahadatain utawa rong kalimat sahadat) yaiku salah sawijining upacara adat minangka wujud rasa syukur masarakat Islam Jawa Tengah sing dilaksanakaké saben sasi Mulud penanggalan Jawa kanggo meringati lahiré Nabi Muhammad SAW. Jaman mbiyèn upacara iki dianggo dening Sultan

Hamengkubuwana I, pangadeg Kraton Ngayogyakarta kanggo ngundang masyarakat mlebu agama Islam.

Ing upacara Sekatèn iku rangkaian adicara sing paling ditunggu yaiku metuné gamelan keraton Nyai Nagawilaga lan Nyai Gunturmadu kanggo diunèake ing Pagongan Mesjid Gedhé Kraton Ngayogyakarta. Gamelan iku diarak saka Bangsal Pancaniti marang Mesjid Gedhé banjur kanggo ditabuh seminggu suwéné lan disiaraké nganti dalan Malioboro saéngga nambah suasana budhaya Kutha Yogyakarta. Puncak adicara Sekatèn ditandhai kanthi metuné sejumlah gunungan sing disebut Grebeg Mulud, sing dhasaré nggambaraké sedhekahing para raja marang rakyaté lan nyimbolaké kasejahteraan.

Parayaan Sekatèn dipungkasi kanthi adicara Bedhol Songsong utawi péntas wayang kulit ing pagelaran Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Ing adicara Sekatèn uga digawé panggung kesenian sing nggelar festival seni tradisi lan religi, lan dianakaké serangkaian kegiatan ékonomi sing diwujudke kanthi pasar rakyat utawa disebut Pasar Malam Perayaan Sekaten (PMPS) sing digelar suwéné 40 dina.

Sumber : http://jv.wikipedia.org/wiki/Sekaten