tembang_pocung[1]

11
Tembang Pocung Aprillia Dwi Hana Wida M. Azza Ulin Rabieta Akmalia Yunia Eka Z.Zayyina

Upload: adventina-padmyastuti

Post on 18-Feb-2016

38 views

Category:

Documents


9 download

DESCRIPTION

jawa

TRANSCRIPT

Page 1: Tembang_Pocung[1]

Tembang Pocung

Aprillia Dwi Hana Wida

M. Azza UlinRabieta Akmalia

Yunia Eka Z.Zayyina

Page 2: Tembang_Pocung[1]

(1)Ngelmu iku

Kalakone kanthi lakuLekase lawan kas

Tegese kas nyantosaniSetya budaya pangekese dur

angkara

Page 3: Tembang_Pocung[1]

Tegese:Tiyang ingkang pados ngelmu menika kedah mawi lelaku.Kedah dipunlakokaken kanthi sayektos saged pikantuk kasantosan lan nyingkiraken angkara murka.

Page 4: Tembang_Pocung[1]

(2)Angkara gung

Ning angga agung gumulungGegolongan nira

Triloka lekeri kongsiYen den umbar ambabar dadi

rubeda

Page 5: Tembang_Pocung[1]

Tegese:Pola angkara murka ingkang ageng, wonten diri ingkang saya kathah, jumbuh kaliyan golonganipun, jangkauanipun, inggih alam semesta ingkang menawi mboten dipun kekang dados malapetaka.

Page 6: Tembang_Pocung[1]

(3)Beda lamun kang wus sengsem

Reh ngasamunSemune ngaksama

Sesamane bangsa sisipSarwa sareh saking mardi

martatama

Page 7: Tembang_Pocung[1]

Tegese:Benten kaliyan ingkng sampun biasa kaliyan gesang ingkang sepi.Saking pasuryanipun ketingal gampil paring pangapura dhateng ingkang gadhah kalepatan, mboten grusa-grusu, sabar, lan loma.

Page 8: Tembang_Pocung[1]

(4)Taman limut

Durgameng tyas kang weh limputKarem ing karamat

Karana karoban ing sihSihing sukma ngrebda saardi

pengira

Page 9: Tembang_Pocung[1]

Tegese:Mboten kagoda punapa kemawon alangan wonten salebeting manah ingkang saged njalari khilaf.Amarga sampun nggadhahi luhuring budi,awit saking berkahipun Gusti, berkah ingkang sanget angengipun.

Page 10: Tembang_Pocung[1]

(5)Yeku patut tinulat tulat tinurut

Sapituduhira,Aja kaya jaman mangkin

Keh pra mudha mudhi diriRapal makna

Page 11: Tembang_Pocung[1]

Tegese :Kados mekaten menika pantes dipun tuladhani, ampun kados wekdal sakmenika.Kathah pemudha ingkang gumede, nanging mboten paham makna.