sumber belajar penunjang plpg 2017 mata …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/modul...

26
SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA PELAJARAN/PAKET KEAHLIAN BAHASA JAWA BAB VIII PEWAYANGAN OLEH: DRA. SRI SULISTIANI, M.Pd. DRA. SUWARNI, M.Pd. DRS. SUGENG ADIPITOYO, M.Si. DR. SURANA, M.Hum. KEMENTERIAN PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN DIREKTORAT JENDERAL GURU DAN TENAGA KEPENDIDIKAN 2017

Upload: lamkhanh

Post on 21-Feb-2018

610 views

Category:

Documents


44 download

TRANSCRIPT

Page 1: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · 5 Dewi Sita/ Sinta Dewi Sita/ Sinta (4) Rahwana Rahwana, yaiku

SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017

MATA PELAJARAN/PAKET KEAHLIAN

BAHASA JAWA

BAB VIII

PEWAYANGAN

OLEH:

DRA. SRI SULISTIANI, M.Pd. DRA. SUWARNI, M.Pd.

DRS. SUGENG ADIPITOYO, M.Si. DR. SURANA, M.Hum.

KEMENTERIAN PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

DIREKTORAT JENDERAL GURU DAN TENAGA KEPENDIDIKAN

2017

Page 2: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · 5 Dewi Sita/ Sinta Dewi Sita/ Sinta (4) Rahwana Rahwana, yaiku

1

KISI-KISI DAN BAHAN AJAR

No. Kompetensi Utama

Standar Kompetensi Guru (SKG) Indikator Pencapaian Kompetensi

(IPK)

Materi pokok Kompetensi Inti

Guru (KI) Kompetensi Guru

Mata Pelajaran (KD)

A B C D E F

1. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Memahami bahasa, sastra, dan budaya serta implementasinya dalam pembelajaran

Mengidentifikasi tokoh

Pewayangan

2. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Memahami bahasa, sastra, dan budaya serta implementasinya dalam pembelajaran

Menunjukkan kerajaan tokoh

Pewayangan

3. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Memahami bahasa, sastra, dan budaya serta implementasinya dalam pembelajaran

Menjelaskan senjata-senjata tokoh pewayangan

Pewayangan

4. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Memahami bahasa, sastra, dan budaya serta implementasinya dalam pembelajaran

Mengidentifi-kasi lakon dalam konteks wacana

Lakon

5. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Memahami bahasa, sastra, dan budaya serta implementasinya dalam pembelajaran

Mengidentifi=kasi lakon dalam tradhisi Jawa

Pewayangan

BAB VIII

PEWAYANGAN

Page 3: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · 5 Dewi Sita/ Sinta Dewi Sita/ Sinta (4) Rahwana Rahwana, yaiku

2

Wayang iku pagelaran nganggo golekan (boneka) kang awujud 2 dhimensi

utawa 3 dhimensi kang mujudake wewayangan utawa gegambaran utawa

pangejawantahan watak lan jiwa pribadhine manungsa. Kang wujud 2 dhimensi

umume digawe saka kulit (walulang) utawa saka kertas, dene kang 3 dhimensi

lumrahe digawe saka kayu. Manut ing kamajuane jaman, wayang wis tinatah lan

sinungging kanthi nggunakake medhia dhigital. Wayang kang tinatah lan sinungging

kanthi medhia dhigital kasebat e-wayang.

Crita wayang lumrahe kapethik saka epos Mahabharata lan Ramayana kang

disebut Wayang Purwa. Kejaba iku uga ana kang kajupuk saka Cerita 1001 malam

saka tlatah Arab. Wayang iki diarani Wayang Menak. Wayang ora mung sumebar ing

tlatah Jawa, ananging uga ing tlalah liyane ing nuswantara. Wayang purwa wis

diakoni dening UNESCO tanggal 7 November2003, dadi karya kabudayan kang

adiluhung lan edi peni warisane donya ing babagan crita lan tata pagelarane utawa

dadi Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity.

I. NGIDHENTIFIKASI TOKOH WAYANG

Kanggo ngidhentifikasi paraga utawa tokoh wayang kaandharake lumantar

lakon wayang. Tuladhane mangkene:

LAKON RAMA NITIK

Ing kedhaton Hastina, Prabu Suyudana siniwaka diadhep Patih Sengkuni,

Pandhita Drona, Prabu Baladewa, Prabu Karna, lan Aswatama, nggunem bab tepis

wiringe praja ketiban anjir. Prabu Duryudana mintasraya Prabu Baladewa lan Prabu

Karna, diaturi nitipriksa menyang tepis wiringing praja, nganthi wadyabala Korawa.

Putrane Prabu Baladewa ratu ing Mandura lan Prabu Karna karo wadyabala

Korawa ing tepis wiringing praja wuninga anjir dijaga para wanara mayuta-yuta.

Amarga sulaya ing rembug wadyabala Korawa perang lumawan para wanara.

Wadyabala Korawa ngucir ing yuda, ateges kalah.

Ing Pancawati, Prabu Rama miyos siniwaka diadhep dening Bharata,

Laksmana, Satrugna, lan Dewi Sinta ngrembug bab dhaupe Bharata karo Dewi

Antrakawulan. Dewi Sinta nyuwun dikancani Dewi Drupadi. Prabu Rama ngutus

Anoman menyang Amarta amundhut Dewi Drupadi. Anoman digawani nawala. Ing

Nagara Ngamarta, Prabu Yudhistira, Prabu Kresna, Bhima, Nakula, lan Sadewa

ngrembug bab Arjuna kang ora sowan. Kasaru praptane Anoman ngaturake layang

marang Prabu Yudhistira. Anoman kaparingan kendhaga krana iguhe Prabu Kresna.

Kanthi dipratelakake yen kendhaga iku isine Dewi Drupadi supaya diaturake Prabu

Rama (Padmosoekotjo, 1982:51-52).

Page 4: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · 5 Dewi Sita/ Sinta Dewi Sita/ Sinta (4) Rahwana Rahwana, yaiku

3

PRABU MATSWAPATI

Ing Nagara Wiratha, kang uga kacarita Prabu Matswapati utawa Prabu

Durgandana. Tembung Matswapati tegese ratuning iwak. Wondene Durgandana

tegese ngganda ala. Adhine, asma Durgandini, katelah Dewi Rara Amis. Durgandana

lan Durgandini iku putrane prabu Matswapati, ratuning iwak. Ing pedhalangan,

garwane Prabu Matswapati asma Dewi Rekatawati, putrane Resi Parasara, kang

miyos saka Dewi Watari, putrane Prabu Rekatha, ratuning samodra. Patihe Prabu

Matswapati asma Nirbita. Senapatining prang ana 3, yaiku: Rajamala, Rupakenca, lan

Kencakarupa. Putrane ana 5, kabeh miyos saka Dewi Rekatawati, yaiku: (1) Seta

(Sweata), (2) Utara (3) Wratsangka, (4) Satanika, (5) Dewi Utari (Padmoseokotjo,

1982: 66).

Sajrone pethikan Lakon Rama Nitik lan Prabu Matswapati kasebut tinemu

paraga-paraga wayang purwa saka epos Ramayana, yaiku Bharata, Laksmana,

Satrugna, lan Dewi Sinta. Ing epos Mahabharata, yaiku Prabu Suyudana utawa

Duryudana, Patih Sengkuni, Pandhita Drona, Prabu Baladewa, Adipati Karna, lan

Aswatama. Prabu Baladewa ngasta pusaraning praja Mandura, dene Adipati Karna

jumeneng nata ing Awangga. Ing lakon Matswapati tinemu paraga Matswapati

utawa Durgandana, Dewi Rara Amis, Seta, Utara, Wratsangka, Satanika, lan Dewi

Utari. Paraga-paraga ing lakon wayang kulit kang katur ing subbab iki, ananging

mung saperangan saka epos Ramayana lan Mahabharata.

A. Carita Ramayana

Paraga kang diandharake, yaiku Prabu Ramawidjaya, Laksmana, Bharata, lan

Dewi Sinta.

(1) Prabu Ramawijaya

Prabu Rama uga kawastanan Prabu Ramawijaya, yaiku paragatama ing

Ramayana. Ingkang rama asma prabu Dasarata kang jumeneng nata ing nagara

Ayodya. Sang Prabu kagungan garwa 3, yaiku: Kausalya, kagungan putra Rama;

Sumitra, kagungan putra kembar, Laksmana lan Satrugna; lan Kaikayi kagungan putra

Bharata. Prabu Rama jumeneng nata ana ing nagara Pancawati. Rama melu

sayembarane Prabu Janaka ing Mantili. Ing sayembara kasebut Rama menang lan

kasil nggarwa Dewi Sinta. Rama titisane Wisnu lan Sita titisane Dewi Laksmi.

Page 5: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · 5 Dewi Sita/ Sinta Dewi Sita/ Sinta (4) Rahwana Rahwana, yaiku

4

Prabu Ramawijaya Prabu Ramawijaya

(2) Bharata

Bharata, putrane dewi Kaikayi. Bharata digulawenthah dening Resi Wasista.

Sawise diwasa kondur menyang kraton kadherekake Sang Resi. Prabu Dasarata

lengser keprabon, Rama kadhawuhan nglengser keprabon, jumeneng nata ing

Ayodya. Ananging Kaikayi nagih janji, mula Bharata kang kudu jumeneng nata. Rama,

Sinta, lan Laksmana jengkar saka kedhaton, nedya menyang alas. Bharata palakrama

karo Dewi Mandawi, kagungan putra 2, Taksa lan Puskala.

Raden Bharata Raden Bharata

(3) Sita/ Sinta

Sita utawa Sinta, putrane Prabu Janaka ing nagara Mantilidireja. Bareng wis

diwasa, kanggo nemtokake jodhone Prabu Janaka nganakake sayembara. Rama kang

bisa ngluwari sayembara kasebut. Nalika ndherek ingkang garwa menyang alas,

sawise Bharata Jumeneng nata, dibradhat dening Rahwana, ratu ing Alengka. Ing

nagara kasebut Sita diopeni dening Trijatha, ponakane Rahwana. Rama oleh kabar

saka manuk Jatayu, yen Sita dibradhat digawa menyang Alengka.

Page 6: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · 5 Dewi Sita/ Sinta Dewi Sita/ Sinta (4) Rahwana Rahwana, yaiku

5

Dewi Sita/ Sinta Dewi Sita/ Sinta

(4) Rahwana

Rahwana, yaiku paraga antagonis ing cerita Ramayana. Raja Alengka iku,

kawentar adigang, adigu, adiguna, srakah, lan aluamah. Sanadyan wis kagungan

garwa lan putra wis diwasa dheweke isih kepingin nggarwa Dewi Sinta, garwane

prabu Rama. Sinta kang lagi nglana ing tengahing wana didhusta, digawa menyang

Alengka. Krana tumindake kang mangkono mau mahanani perang, antarane bala

raseksa lan bala satriya.

Prabu Rahwana/ Dasamuka Prabu Rahwana/ Dasamuka

(5) Laksmana

Laksmana iku putrane Prabu Dasarata patutan karo Dewi Sumitra. Putrane

kembar, yaiku Laksmana lan Satrugna. Minangka kakang adhi Rama lan Laksmana

sanajan seje ibu katresnane raket. Nalika Bhagawan Wismamitra njaluk bantuan

marang Rama kanggo mbrastha kraman, Laksmana uga melu. Rama lan Laksmana

gawe pesanggrahan, urip bebarengan wong telu. Pacobaning urip ora bisa tinulak.

Marica sawijine abdine prabu Dasamuka malih dadi kidang kencana. Sinta mothah

Page 7: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · 5 Dewi Sita/ Sinta Dewi Sita/ Sinta (4) Rahwana Rahwana, yaiku

6

kepengin nduweni kidang kasebut. Minangka garwa, Rama kepengin nuruti

kekarepane Sinta. Keslametane Sinta kapasrahake marang Laksmana.

Tumekaning bilahi, nalika kekarone mireng panjelihe Marica kanggo njebak

dikira swarane Rama kang kalaran. Sinta ndhawuhi Laksmana supaya menehi

pitulungan. Laksmana mlayu. Sinta ditinggal dhewe ing pasanggrahan. Sadurunge

lunga Laksmana gawe garis kanggo ngreksa Dewi Sinta supaya ora ana bebaya.

Laksmana weling marang Sinta aja nganti metu saka garis Iku. Rahwana mara,

memba brahmana kang njaluk sedhekah. Tanpa sujana Sinta paring sedhekah

marang brahmana kasebut. Sinta disaut dening Rahwana digawa menyang kraton

Ngalengka. Rama lan Laksmana nggoleki Sinta, nyuwun bantuan marang Sugriwa lan

Subali ing Gunung Suwela. Nganti pungkasaning prang Laksmana tansah mbantu

Rama.

Raden Laksmana Raden Laksmana

(5) Prabu Gunawan Wibisono

Gunawan Wibisono iku putra ragil Bagawan Wisrawa karo Dewi Sukesi.

Bagawan Wisrawa putrane Resi Pulastya, dene Sukesi putrane Prabu Sumali, ratune

para danawa. Sanadyan putra raseksa, wujud lan solah bawane becik lan wicaksana,

lan lembah manah. Wibisono seneng laku prihatin. Tansah muja semedi, manembah

marang Dewa Wisnu lan Dewa Brahma. Ing pamujan Rahwana nyuwun kasekten

kang bisa ngalahake para dewa, nanging Wibisono amung nyuwun muga-muga

tansah bisa mlaku ing dalan kang bener lan bisa ngayahi kuwajiban njaga

katentremaning bawana. Ateges Wibisono amung nyuwun kawicaksanan kanggo

tansah memayu hayuning bawana.

Page 8: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · 5 Dewi Sita/ Sinta Dewi Sita/ Sinta (4) Rahwana Rahwana, yaiku

7

Wibisono atur pamrayoga supaya Prabu Rahwana utawa Dasamuka

masrahake Sinta marang Prabu Rama, nanging ora digugu. Mula banjur nggabung

karo bala tentarane Rama kang tumindak bener. Wibisono dadi paraga kang

nengenake bebener nganti lila ninggal kulawarga lan kadang. Bab iku beda klawan

Kumbakarna. Sanadyan dheweke beda panemu lan ora sarujuk karo tumindake

kadang sepuhe, tetep mbela Ngalengka tanah wutah getihe. Tekade ora mbela

kadange nanging mbela nagara. Sikap mbela nagara kasebut dadi tepa tuladha kang

becik. Dening KGPAA Mangkunagara IV, sikape Kumbakarna, dianggo tuladha tumrap

para satriya kanthi nganggit Serat Tripama. Paraga-paraga kang dadi tepa palupi,

yaiku Patih Suwanda, Kumbakarna, lan Adipati Karna.

Wibisono jumeneng nata ing kraton Ngalengka ngganteni Rahwana.

Sadurunge jumeneng nata diwejang bab Astabrata dening Rama. Astabrata iku

piwulang bab tata carane dadi ratu gung binathara lan wicaksana kang asih marang

para kawula lan nayaka praja.

Raden Gunawan Wibisono Raden Gunawan Wibisono

B. Carita Mahabharata

Paraga wayang purwa ing crita Mahabharata luwih akeh tinimbang crita

Ramayana. Saperangan paraga kababar ing kene, yaiku: Pandhu Dewanata,

Yudhistira, Bhima, Arjuna, Nakula, Sadewa, Abimanyu, Parikesit, lan Prabu Kresna.

(1) Pandhu Dewanata

Bhagawan Abiyasa kagungan putra Destarastra lan Pandu. Krana Destarastra

wuta mula pusering praja kapasrahake marang Pandu, jumeneng nata ing

Hastinapura. Krama karo Dewi Kunthi lan Dewi Madrim. Dewi Kunthi nglairake anak

telu, Yudhistira, Bhima, lan Arjuna. Pandu mono ora kagungan putra, sebab kena sote

Page 9: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · 5 Dewi Sita/ Sinta Dewi Sita/ Sinta (4) Rahwana Rahwana, yaiku

8

dewa Siwa. Nalika Pandhu mbebedhag ing satengahe wana manah kidang kang lagi

sacumbana lan kidange mati. Kidang kasebut malihane Dewa Siwa karo Dewi Uma.

Sadurunge seda Siwa ngipat-ipati, yen Pandhu ing mbesuke uga bakal mati nalika

sacumbana. Kunthi duwe aji-aji kang bisa ngaturi para dewa. Nalika durung krama ora

sengaja mateg aji lan Dewa Surya kang rawuh. Kunthi nggarbini lan nglairake bayi

kakung. Krana isih kenya mula dening Bethara Surya, Kunthi diprayogakake nglairake

liwat kuping, banjur kawastana Karna utawa Suryatmaja. Dewa Bayu uga katuran

rawuh banjur lair Bhima, lan Dewa Brama rawuh banjur lair Arjuna. Karo Dewi

Madrim uga kepengin kagungan putra. Nalika ngampil aji-aji mau anggone mateg

kaping loro, mula lair kembar Nakula lan Sadewa. Putra-putrane Pandu iku putrane

para dewa. Sebab Pandu kena sot saka Dewa Siwa, saengga Pandu ora panjang

umur. Kraton kapasrahake marang Destarastra. Nalika semana putra-putrane Pandu

isih cilik-cilik lan durung pantes jumeneng nata. Putra-putrane Pandhu kang 5

kasebut kawastanan Pandhawa, kang ateges keturunane Pandhu.

Prabu Pandu Dewanata Prabu Pandu Dewanata

(1) Yudhistira/ Puntadewa

Yudhiṣṭhira, Dharmawangsa utawa Puntadewa salah sawijine paraga Pandhawa

saka kulawarga Bharata, kang uga kawastanan Mahabharata. Sawijining ratu kang

ngasta pusering praja Pandhawa, kang kratone ana Hastinapura. Yudhistira putra

pambarep saka Pandhu lan Kunthi. Ing pewayangan kaparingan jujuluk Prabu

Puntadewa, uga kawastanan Dharmawangsa sebab ingkang rama pancen Dewa

Dharma. Asma Yudhistira ateges, "teguh utawa tanggon sajrone paprangan, sabar,

lan jujur”. Kawastanan Puntadewa sebab atine suci, ‘agetih putih’. Puntadewa

minangka paraga kang jujur sejatine ora tau kanggo nggawe cilik atine Drona nalika

piyambake ngendika “Aswatama mati”. Krungu pawarta iku sakala Drona lemes

Page 10: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · 5 Dewi Sita/ Sinta Dewi Sita/ Sinta (4) Rahwana Rahwana, yaiku

9

tanpa daya, jalaran putrane Drona asmane Aswatama. Kamangka kang mati ing

paprangan iku gajah kang uga dijenengi Aswatama (Padmosoekotjo. 1982).

Puntadewa gaya Yogjakarta Puntadewa gaya Solo (Surakarta)

(3) Bima

Bima utawa Bhimasena utawa Werkodara salah sawijine tokoh protagonis

ing kitab Mahabharata. Bima iku putrane Kunthi karo Dewa Bayu, kalebu paraga

kang kasar, merbawani, lan rosa, nanging uga nduweni sipat utawa ati kang alus.

Tuladhane ing Lakon Dewaruci, dheweke klakon ngruwat paraga-paraga kang

sukerta lan seneng tetulung. Ing Mahabharata paraga Bimae, minangka anak

panggulu saka sedulur 5. Bima seda ing perang Bharatayudha ing dina kang

pungkasan, kawedhar ing parwa Mahaprastanikaparwa. Bima setya marang sikap

lan konsekuen, jujur, lan ora munafik. Bima kagungan anak 3, yaitu Antareja,

Antasena, lan Gathutkaca. Bima uga kawastanan Werkodara (wrka-udara), “berperut

serigala”, krana tadhahe akeh. Kacarita ing Kitab Wanaparwa, utawa ing lakon

Pandhawa Papa, saben oleh pangan mesthi diparo. Sing separo kanggo Bima, sing

separo kanggo wong 5, yaiku: Kunthi, Yudhistira, Janaka, Nakula, lan Sadewa.

Bima Bima

Page 11: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · 5 Dewi Sita/ Sinta Dewi Sita/ Sinta (4) Rahwana Rahwana, yaiku

10

(4) Arjuna

Arjuna sajrone kulawarga Pandhawa minangka anak kang nomer telu kang

kawentar paling bagus (nggantheng). Arjuna uga sinebut Janaka, Parta, lan Permadi.

Ing jagating pedhalangan Arjuna sawijining satriya kang seneng lelana, tapa brata,

lan meguru utawa ngangsu kawruh. Kejaba dadi muride Drona ing padhepokan

Sukalima, uga maguru marang Bhagawan Padmanaba ing patapan Untarayana.

Arjuna uga dadi brahmana kang mertapa ing Indrakila ajejuluk Bhagawan Mintaraga

utawa Bhagawan Ciptaning. Tujuane kanggo mbengkas karya, merjaya Prabu

Niwatakawaca ing nagara Imaimantaka ing crita Arjunawiwaha. Garwane akeh, mbok

menawa iku mung sanepa saka anggone seneng golek ngelmu neng padhepokan.

Kacarita ing kono nggarwa putrane Sang Resi. Putra mau minangka ngelmu kang

cinecep. Arjuna uga tansah cerak karo Kresna. Miturut goteke kandha, padha-padha

titisan Wisnu, minangka conto ing lakon Rama Nitik lan Rama Nitis. Rama lan

Laksmana nitis marang Kresna lan Arjuna. Mula ing lakon Kresna Gugah, ing perang

Bharatayuda Arjuna nyuwun palilah supaya kersa dadi kusire. Sadurunge perang

kawiwitan Kresna maringi wejangan marang Arjuna. Wejangan mau awujud piwulang

Bhagawatgitta kang isine wejangan suci. Krana wektu iku Arjuna nglokro, lan tidha-

tidha tanpa daya. Ora amarga wedi perang, nanging ora tega memungsuhan karo

pepundhene kang kudune diajeni. Nanging minangka jejering satriya tama ora kena

nglokro, sebab dharmaning satriyatama kudu tetep mbela kang bener. Kang diserang

dudu priyantune nanging kamurkane kanggo nuntut hak, sebab Ngastina pancen

hake para Pandawa. Ing perang Bharatayuda, Arjuna mungsuh Adipati Karna. Kadang

sepuh saka pihak ibu. Arjuna menang lan Karna kasil katigas janggane nganggo panah

Rudra.

Arjuna gaya Yogja Janaka gaya Solo

Page 12: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · 5 Dewi Sita/ Sinta Dewi Sita/ Sinta (4) Rahwana Rahwana, yaiku

11

(5) Nakula lan Sadewa

Nakula lan Sadewaiku paragatama Pandhawa putrane Dewi Madrim, garwa

ampile Pandu. Dheweke lair kembar, kekarone putrane Dewa Aswin. Ing kitab

Mahabharata Nakula (Sakula) kawentar bagus. Miturut wong India, Drupadi mastani

yen Nakula iku garwa kang paling nggantheng. Dheweke asring pamer lan rumangsa

nggantheng. Nakula lan Sadewa ora pati kawentar. Apa maneh ing lakon. Kang paling

onjo, dheweke pinter lan prigel bab olah gegaman.

Nakula Nakula gaya Yogja

Sadewa Sadewa gaya Yogja

(7) Abimanyu

Abimanyu iku putrane Arjuna karo Dewi Wara Sembadra. Salah sijine

paragatama ing wiracarita Mahabharata kang digadhang bisa sumilih ratu ing nagara

Ngastina. Emane ora panjang umur, Abimanyu seda ing palagan ing perang

Bharatayudha. Perang lawan Bhisma. Ing palagan iku sedane nrenyuhake, minangka

pahlawan paling mudha kang seda ing palagan Kurusetra. Abimanyu palakrama karo

Dewi Utari, putrine Raja Wirata. Patutan putra siji, yaiku Parikesit kang jumeneng

nata ing nagara Ngastina.

Page 13: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · 5 Dewi Sita/ Sinta Dewi Sita/ Sinta (4) Rahwana Rahwana, yaiku

12

Abimanyu

Abimanyu

8) Destarastra

Drestarastra ing wiracarita Mahabharata kawentar krana jumeneng nata ing

Ngastina. Drestarastra iku putrane Wicitrawirya, yaitu Ambika. Wiwit lair wis wuta,

sebab melu ritual putropadana kang diadani dening Resi. Resi Byasa kepingin

kagungan putra lan Dewi Ambika merem. Destarastra sedulur seje biyung karo

Pandu. Drestarastra kudune duwe wewenang jumeneng nata ing Hastinapura,

minangka trah Wicitrawirya kang paling sepuh. Krana piyambake wuta pusering praja

dipasrahake marang Pandu, rayine. Sawise Pandhu seda, dhampar kapasrahake

marang dheweke. Dhetarastra nikah karo Gandari putri kerajaan Gandhara.

Kaparingan putra 100 kang kawastanan Sata Korawa. Kejaba iku dheweke uga

momong Dursala dan Yuyutsu.

Destrarastra gaya Surakarta

Destrarastra

Saliyane paraga kang wis kasebutake, ing lakon Mahabharata isih akeh paraga liyane,

kaya ta:

Page 14: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · 5 Dewi Sita/ Sinta Dewi Sita/ Sinta (4) Rahwana Rahwana, yaiku

13

Bagawan Abiyasa Bagawan Abiyasa

Prabu Kresna Prabu Kresna

Prabu Duryudana Prabu Duryudana

Dewi Kunthi Dewi Kunthi

Page 15: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · 5 Dewi Sita/ Sinta Dewi Sita/ Sinta (4) Rahwana Rahwana, yaiku

14

Dewi Gendari Dewi Gendari

Baladewa Baladewa

Dursasana Dursasana

Dewi Wara Sumbadra Dewi Wara Sumbadra

Page 16: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · 5 Dewi Sita/ Sinta Dewi Sita/ Sinta (4) Rahwana Rahwana, yaiku

15

Dewi Wara Srikandhi Dewi Wara Srikandhi

C. Kraton lan Padhepokane Paraga Wayang

Arane kraton lan padhepokan ing pewayangan, kapethik saka Silsilah Purwa

Mawa Carita (Padmosoekotjo, 1982) lan Pepak Basa Jawa (Sri Hartatik, tt). Kababar

ing tabel iki:

No Kraton Asmane ratu

1 Kraton Hastina (1) Prabu Santanu, (2) Prabu

Abiyasa (3) Prabu Pandhu

Dewanata, (4) Prabu Suyudana, (5)

Prabu Parikesit.

2 Kraton Mandura (1) Prabu Basudewa, (2) Prabu

Baladewa

3 Kraton Dwarawati Prabu Kresna

4 Kraton Wiratha Prabu Matswapati

5 Kraton Cempala Prabu Drupada

6 Kraton Ngamarta/ Indraprasta Prabu Puntadewa

7 Kraton Mandaraka Prabu Salya

8 Kraton Mantili Prabu Janaka

9 Kraton Ayodya Prabu Dasarata

10 Kraton Maespati Prabu Arjunasasra

11 Kraton Awangga Prabu Basukarna utawa Adipati

Karna

12 Kraton Trajutrisna (1) Prabu Bomanarakasura, (2)

Prabu Suteja

13 Kraton Alengka Prabu Dasamuka utawa Rahwana

14 Kraton Pancawati Prabu Ramawijaya

15 Kraton Guwakiskendha Prabu Sugriwa

16 Kraton Parang Gelung Prabu Palgunadi

Page 17: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · 5 Dewi Sita/ Sinta Dewi Sita/ Sinta (4) Rahwana Rahwana, yaiku

16

17 Kraton Ima Imantaka Prabu Niwatakawaca,

19 Kraton Lokapala Prabu Danaraja

20 Kraton Pancalaradya Prabu Drupada

21 Kraton Rancang Kencana Prabu Dewa Srani

22 Kraton Paranggubarja Prabu Jungkung Mardiya

23 Kraton Palebur Gangsa Prabu Somali

24 Kraton Pancala Prabu Drupada

Arane kraton ing dhuwur iku mung saperangan. Kejaba iku, ana uga arane

panggonan kang lumrah sinebut ing lakon wayang, kaya ta:

(1) Gandara : Panggonane Dewi Hanggadari utawa Dewi Gendari, Ibune para

Kurawa.

(2) Kandawa: Alas sing dumunung ing sabrange kali Yamuna. Alas pawehan kanggo

Pandawa sing bakal didadekake negara sing subur lan makmur, yaiku Hastina

Pura.

(3) Mandura : Negara asale Dewi Kunthi (Ibune Yudistira, Bima dan Arjuna).

(4) Mandaraka : Negara asale Dewi Madrim (Ibune Nakula dan Sadewa).

(5) Pancala: Negara panggonane Prabu Drupada kanca sepegurone Pandhita Drona

(Guru Para Pandhawa Lima lan Kurawa).

(6) Kasi:Negara kang subur lan makmur, asale Dewi Ambika lan Dewi Ambahini

(simbahe para Pendawa lan para Kurawa).

(7) Margasunya: Alas panggonane Narasoma putrane Raja Mandaraka kang gagah

prakosa. Papan iki kanggo pandhelikane amarga dipeksa arep dikawinake.

(8) Gunung Hargabelah: Panggonan asale Resi Bagaspati (Resi kang awujud Raseksa)

maratuwane Narasoma.

(9) Padhepokan Talkandha: Panggonan patapane Bisma.

(10) Palagan Kuru Setra: panggonan utawa leladan perang Bharatayuda.

(11) Saptarengga: Panggonan patapane Begawan Palasara lan Abiyasa (simbahe para

Pandhawa lan Kurawa) kang dumunung ing sikile Gunung Mahameru.

(12) Waranawata: Panggonan pesta andrawina paekane Prabu Sangkuni kanggo

ngobong para Pendawa lan Dewi Kunthi .

(13) Ekacakra: Kalebu tlatah Pancala panggonane para Pandhawa maguru marang

Pandhita Ijraba kang apik bebudene.

Page 18: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · 5 Dewi Sita/ Sinta Dewi Sita/ Sinta (4) Rahwana Rahwana, yaiku

17

II. NGIDHENTIFIKASI SANJATA UTAWA GEGAMANE TOKOH PEWAYANGAN

Ing donyane pewayangan, kasekten kang ngedab-edabi para ratu lan satriya

mau jalaran saka gentur tapane nggennya ngupadi kasekten iku mau. Sawatara

pancen ana kang saka lorotan utawa warisan saka bapa utawa eyange, ana maneh

kang pancen saka ngapusi kayata Dasamuka kang apuskrama marang Resi Subali.

Nanging akeh-akehe saka asihing dewa jalaran gedhe lelabuhane marang dewa

utawa sasama. Tokoh wayang lan sanjatane tuladhane kaya ing ngisor iki:

(1) Anoman: kuku pancanaka, aji-aji pancasona, bayu bajra, bayu ronta, sima bobot.

(2) Antareja: upas anta ambles bumi, sadilatan bakal gosong (saka eyange

Anantaboga).

(3) Arjuna: panah pasopati, sarotama, ardhadhedhali, ardhasengkali, keris

pulanggeni, kalanadhah, aji-aji sepiangin, malayabumi, brahmasirah (ndadekake

donya padhang), parjanya astra (metengake donya), agni sastra (panah geni).

(4) Aswatama: senjata cundhamanik.

(5) Baladewa: gada nanggala lan alugara.

(6) Batara Kala: keris kalanadhah, keris kaladheteh.

(7) Batara Kamajaya: kemayan cakrakembang.

(8) Batara Surya: kreta Jatisurya.

(9) Bhisma: tameng wesi.

(10) Dasamuka: senjata candrasa, pedhang sokayana, aji-aji pancasona, rawarontek,

gunturgeni.

(11) Destarata: aji kumbalageni.

(12) Durna: cundhamanik.

(13) Gathutkaca: caping basunandha, kotang antakusuma. aji-aji brajamusti, panca

bajra, krincing wesi, bajingiring, garuda ngapak, narantaka (saka Gandamana),

trumpah madukacermo.

(14) Indrajit: senjata nagapasa lan wimohanastra, aji sirep Megananda.

(15) Jayadrata: gada rujakbeling.

(16) Karna: keris kaladite, panah kunta wijayandanu, aji-aji kalalupa, balasrewu.

(17) Kresna: senjata cakrabaswara, kembang wijayakusuma, cangkok wijayamulya.

(18) Kumbakarna: aji-aji gedhongmenga, pelakgelak sakethi.

Page 19: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · 5 Dewi Sita/ Sinta Dewi Sita/ Sinta (4) Rahwana Rahwana, yaiku

18

(19) Puntadewa: jamus kalimasada, songsong tunggulnaga jenenge tombak

korowelang.

(20) Ramawijaya: panah gunawijaya.

(21) Rama Bergawa: kapak duwung.

(22) Salya: aji-aji candhabirawa.

(23) Setyaki/ Sencaki = gada wesi kuning.

(24) Sosrowindu = kemlandhingan putih.

(25) Subali: aji-aji pancasona, rawarontek.

(26) Werkudara: gada rujakpolo, lukitasari, kuku pancanaka, bandung bandawasa,

gada lambitamuka, ungkal bener, blabag pengantol-antol, bayu braja,

jalasengara, cincin manikam druindra, banyu suci tirta parwita.

Kejaba sanjata utawa gegaman, tokoh wayang mau nduweni aji-aji. Aji-aji mau

kaya ta:

(1) Aji halimunan, yaiku ajian kang ndadekake sing nduweni dadi kasat mata (ora

bisa dideleng/ disawang).

(2) Aji sirep, yaiku ajian kang ndadekake wong kang ketaman turu kepati.

(3) Pusaka Wijayakusumah, yen diusapake marang wong mati, bakal urip maneh.

(4) Aji Kilat Thatit, kang nduweni bakal gesit kaya thatit, cepet banget.

(5) Aji Kemayan, ajian andelane bethara Guru, sing ketaman bakal ilang otot

bebayune utawa lemes.

(6) Aji Danuweda, ajian panahe Resi Drona kang diturunake marang Arjuna, Karna,

lan Bambang Ekalaya.

(7) Aji Candhabirawa, bisa owah dadi maewu-ewu raseksa.

(8) Cincin Ampal, cincin pusakane Bambang Ekalaya, yen ditamakake marang musuh

bakal mati/ pralaya.

Wujude saperangan sanjata utawa gegaman mau, yaiku:

Panah Agnisasra Gada Alugara Panah Ardhadhedhali

Page 20: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · 5 Dewi Sita/ Sinta Dewi Sita/ Sinta (4) Rahwana Rahwana, yaiku

19

Kreta Amarajaya kagungane Prabu

Basupati

Panah Cakra Panah Kuntawijayadanu

Keris TriPulanggeni Panah Pasopati Gada Rujakpolo

Kereta Jaladara Panah Trisula

III. NGIDHENTIFIKASI WACANA LAKON WAYANG

Gatekna wacana iki!

SUMANTRI NGENGER

Ing pertapan Jatisrana, ana pandhita aran Begawan Suwandhagni. Sang

Begawan nduwe anak loro lanang kabeh aran Bambang Sumantri lan Raden

Sukasrana. Bambang Sumantri wujude satriya bagus, dene Raden Sukasrana wujude

buta bajang utawa buta cebol sing nggilani. Sanajan rupane nggilani nanging

Bambang Sumantri tresna banget marang adhine. Samono uga Raden Sukasrana.

Bareng wis diwasa Sumantri dening ingkang rama kadhawuhan ngenger utawa

suwita ing nagara Maespati. Sumantri sendika dhawuh. Lakune didherekake

punakawan papat Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong. Begawan Suwandhagni

nitipake sanjata Cakra darbeke Prabu Harjuna Sasrabahu supaya dibalekake.

Lakune Bambang Sumantri kandheg amarga Raden Sukasrana kepengin melu.

Bambang Sumantri banjur ngarih-arih adhine nganti turu. Sawise adhine turu,

Bambang Sumantri budhal nilapake adhine menyang Negara Maespati.

Page 21: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · 5 Dewi Sita/ Sinta Dewi Sita/ Sinta (4) Rahwana Rahwana, yaiku

20

Ing Negara Maespati Sang Prabu Harjuna Sasrabahu lagi ngrembug bab arepe

mupu sayembarane Dewi Citrawati ing Negara Magada. Dewi Citrawati nganakake

sayembara, sapa sing bisa menehi srah-srahan putri dhomas cacah wolungatus bakal

dadi bojone. Nalika lagi padha rembugan katungka sowane Bambang Sumantri.

Bambang Sumantri matur arep suwita marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Prabu

Harjuna Sasrabahu gelem nampa suwitane Sumantri lamun dheweke bisa mupu

sayembarane Dewi Citrawati. Sumantri nyaguhi banjur budhal menyang Negara

Magada.

Ing Negara Magada, wis akeh raja lan satriya sing ngleboni sayembara. Padha-

padha gedhe kekarepane, padha-padha ora gelem ngalahe wasana dadi perang rame.

Pungkasane para raja lan satriya kalah karo Sumantri jalaran dheweke migunakake

sanjata Cakra. Para raja telukan padha pasrah putri boyongan nganti cacah

wolungatus. Sumantri klakon mboyong Dewi Citrawati kanthi srah-srahan putri

dhomas cacah wolungatus.

Rumangsa bisa ngalahake ratu sewu negara, Sumantri dadi gumedhe, umuk,

kemaki. Ing batin dheweke rumangsa menangan mula banjur thukul niyate arep

nelukake Prabu Harjuna Sasrabahu. “Ratu sewu negara bae padha keyok kabeh karo

aku, genea aku ndadak suwita marang Prabu Harjuna Sasrabahu? Kena ngapa ora

taktelukake pisan dadi andhahanku?” ngono batine Sumantri kandha. Sumantri

banjur nulis surat panantang marang Prabu Harjuna Sasrabahu lan dipasrahake

marang patihe Prabu Harjuna Sasrabahu sing ndherekake lakune saka praja Maespati.

Prabu Harjuna Sasrabahu mung mesem nampa panantang saka Sumantri.

Dheweke enggal methukake lakune Sumantri. Sumantri lan Prabu Harjuna Sasrabahu

perang rame. Padha sektine, padha trengginase. Perange nganti pirang-pirang dina.

Sumantri kekeselen banjur kepengin ngrampungi perange karo Prabu Harjuna

Sasrabahu. Dheweke enggal ngetokake sanjata Cakra arep ditamakake marang Prabu

Harjuna Sasrabahu. Sanjata Cakra kuwi sejatine duweke Prabu Harjuna Sasrabahu.

Nalika lair Prabu Harjuna Sasrabahu wis nggawa sanjata Cakra, amarga dheweke

sejatine titisane Bathara Wisnu. Sanjata Cakra disilih pamane, yaiku Begawan

Suwandhagni.

Page 22: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · 5 Dewi Sita/ Sinta Dewi Sita/ Sinta (4) Rahwana Rahwana, yaiku

21

Weruh sanjata Cakra ing tangane Sumantri, sakala Prabu Harjuna Sasrabahu

nesu. Sang Prabu triwikrama utawa malih dadi buta gedhene sagunung. Sanjata Cakra

disaut banjur diuntal. Buta ngamuk gereng-gereng arep ngremuk Sumantri sing

kemaki. “Sumantri, kowe satriya picek, watekmu ala, melik barange liyan. Satriya

wingi sore kemaki wani nantang Ratu Gustine. Takremet pisan remuk kowe

Sumantri!” Weruh Bathara Wisnu nesu, Sumantri ndheprok, lemes ora duwe daya.

Nalika Sumantri disaut Brahala, Bathara Narada tumurun ngarcapada nyapih satriya

loro. Buta lilih badhar dadi Prabu Harjuna Sasrabahu.

Sumantri banjur ditundhung lunga. Pasuwitane bisa ditampa maneh menawa

dheweke bisa muter utawa mindhah Taman Sriwedari menyang Negara Maespati.

Taman Sriwedari kuwi taman ing kahyangan Nguntara Segara, kahyangane Bathara

Wisnu. Sumantri sing wis ilang kasektene amarga koncatan sanjata Cakra banjur

klunuh-klunuh lunga saparan-paran, karepe arep wadul bapake, Begawan

Suwandhagni.

Lakune Sumantri kepethuk Raden Sukasrana sing nyusul lungane. Sumantri

nyritakake kabeh lelakone. Sukasrana mesem krungu critane Sumantri.

“Nek mung utel aman we, ampang akang,” kandhane Sukasrana karo ngguyu ngakak.

“Tenan, Yayi? Kowe bisa muter Taman Sriwedari?” kandhane Sumantri.

“Isoh ae, Akang. Uwi ampang!”

“Adhiku, Dhi Sukasrana. Tulungana aku ya, Dhi!” kandhane Sumantri

memelas.

“Aku isoh utel aman Iwedali ning ana alate, Akang.”

“Apa syarate, Dhi?”

“Aku engin elu owe, Akang. Aku elu uwita Abu Aluna Asa.”

“Kowe kepengin melu aku suwita Prabu Harjunasasra?”

“Iya, Akang.”

“Iya, Dhi. Angger si Adhi bisa muter Taman Sriwedari mesthi takajak suwita menyang

Maespati.”

“Enan, Kang? Owe anji Kang? Owe ola apusi?”

“Iya Dhi, pun kakang janji ora bakal ngapusi!”

“Yoh, Akang. Entenana edhela ya?”

Sukasrana banjur muja semedi. Sanajan rupane ala nanging gedhe prihatine.

Sedhela wae taman Sriwedari wis pindhah menyang alun-alun keraton Maespati,

gawe gegere wong sanagara. Sawise klakon muter Taman Sriwedari, Sumantri

ditampa suwita ing Negara Maespati dadi patih, aran Patih Suwanda. Sukasrana

diajak Sumantri menyang Negara Maespati nanging dipenging ngetok, amarga

Sumantri isin duwe adhi wujud buta cebol sing rupane nggilani. Sukasrana dikongkon

manggon lan ndhelik ing sajroning taman.

Nalika Dewi Citrawati ninjo kahanane lan kaendahane Taman Sriwedari,

dheweke njerit-jerit kamigilan weruh ana buta bajang ing jero taman. Dewi Citrawati

banjur lapuran marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Sang Prabu dhawuh marang

Page 23: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · 5 Dewi Sita/ Sinta Dewi Sita/ Sinta (4) Rahwana Rahwana, yaiku

22

Sumantri supaya nyingkirake buta bajang. Sumantri sing wis nggraita menawa buta

sing dikarepake kuwi adhine, Sukasrana, banjur budhal mlebu taman.

Tekan ing jero taman, Sumantri nesu-nesu ngunek-ngunekake adhine sing

medeni Dewi Citrawati. Sukasrana dikongkon bali menyang pertapan. Sukasrana ora

gelem amarga wis dijanjeni dening Sumantri arep diajak suwita ing Negara Maespati.

Sumantri gregeten. Sukasrana diagar-agari panah dikongkon bali. Sukasrana tetep ora

gelem bali malah nyedhak nagih janjine Sumantri. Nganti suwe anggone eyel-eyelan,

pungkasane panah mrucut saka tangane Sumantri lan nancep ing dhadhane

Sukasrana. Sukasrana mati. Kuwandane ilang musna, ninggal sepata.

“Kakang Sumantri! Tega temen kowe karo aku, Kakang. Kowe mblenjani janji,

Kakang. Aku ora trima. Utang pati nyaur pati. Eling-elingen mbesuk yen kowe perang

tandhing karo ratu buta saka Ngalengka, ing kono tumekane piwalesku, Kakang. Wis

kakang, takenteni ing lawange swarga.

Sumantri gela, Sumantri sedhih. Nanging kabeh mau wis kebacut. Katresnane

marang adhine ilang amarga saka drajat lan pangkat. Wateke ala seneng nyidrani

janji. Janji bekti marang ratu Gustine, diblenjani. Janji nresnani adhine, diblenjani.

Janji ngajak adhine, diblenjani. Kabeh mau mung amarga melik drajat pangkat lan

kamukten. Besuk patine Sumantri dikemah-kemah Prabu Rahwana ratu buta saka

Ngalengkadiraja.

(http://ptkguru.com/?darmajaya=index&daryono=base&action=listmenu&skins=1&id=297&t

kt=2, diakses tanggal 8 Juli 2016).

Pamawas isine crita:

Crita iki ora mung awujud tontonan nanging ugi ngandhut tuntunan lan

tatanan. Tuntunan kasebut katon ana ing amanate. Miturut KGPAA Mangkunagara

IV, paraga Patih Suwanda, ora liya Raden Sumantri, kapethik kanggo tuladha

tumindak kang utama, kanggo ngrakit SeratTripama. Lelabuhane sang patih marang

ratu gustine, kawedhar ing pupuh Dhandhanggula pada 1, gatra 8-10, kang ginêlung

tri prakara, guna kaya purun ingkang dèn antêpi, nuhoni trah utama.Kanthi sipat

guna kaya lan purun, watak lan sipat kasebut mahanani moncer asmane ing jagating

pewayangan. Werdine kang ginelung triprakara: guna, kaya lan purun. Werdine

guna, ing bab kasebut wis tita yen dheweke ngugemi trah satriya kang bisa ngadhepi

bebaya lan unggul ing samubarang prakara. Kaya, ing paprangan kasebut kasil

mboyong putri Dhomas 800. Dene purun, awujud sipat kang satriya ngadhepi

mungsuh nganti seda ing palagan mbelani ratu Gustine.

Ing pungkasaning crita diandharake menawa Sumantri ora bisa mbirat

kanepsone. Krana wis dadi patih, dheweke lali purwa duksina. Lali marang lelabuhan

Page 24: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · 5 Dewi Sita/ Sinta Dewi Sita/ Sinta (4) Rahwana Rahwana, yaiku

23

lan janjine marang adhine, Sukrasana. Tega marang patine adhine. Getun tiba mburi.

Dheweke getun merjaya adhine kang diagar-agari panah, lan mrucut saka gendhewa,

kena ing dhadhane Sukrasana. Krana drajat lan pangkat tega karo patine kadang

taruna. Barang wis kebacut, ora bakal bisa dibaleni maneh. Mula sadurunge

tumindak prayogane dipenggalih amrih ora getun.

IV. NGIDHENTIFIKASI LAKON WAYANG SAJRONE TRADHISI JAWA

Ing alam bebrayan Jawa, wayang purwa, utawa wayang kulit ora mung kanggo

hiburan nanging uga kanggo acara ing tradhisi Jawa. Tradhisi sing ana gayutane karo

pentas wayang, yaiku ruwatan, nadar lan merti desa. Ing Jawa Timur tradhisi merti

desa, kawastanan bersih desa, ruwat desa, nyadran, petik laut lan sedhekah bumi.

Bab iku gumantung masyarakat kang nindakake. Petik laut, katindakake ing

masyarakat pesisir kang wargane dadi nelayan utawa juru misaya mina. Dene bersih

desa, ruwat desa, nyadran utawa sedhekah bumi kang nindakake masyarakat petani.

Akeh tradhisi kang isih medhar crita wayang. Lakon kang kagelarake, kaya ta: Dewi

Sri, Sri Sadana, Bharatayuda, Wahyu Makutharama, Wahyu Purbasejati, Wahyu Gada

Inten, lan sapanunggalane.

Ing tlatah Jawa Timur, sedhekah bumi, katindakake kanthi maneka warna

adicara. Upamane ing Tulungagung ana tradhisi mantu kucing. Ing Kedhiri tradhisi

siraman utawa jamasan pusaka lan mantenan tebu. Ing Mojokerta tradhisi

banthengan, ing Banyuwangi ana tradhisi kebo-keboan. Ing Desa Kepetingan

Buduran Sidoarja lan ing Tanjunganom Nganjuk ana tradhisi nyadran, Ing Tuban ana

Sedhekah Bumi Ing Sendang Maibit. Tradhisi kasebut dadi rutinitas utawa acara

tahunan kanggo ngurmati sing mbaureksa lan cikal-bakal dumadine desa kasebut lan

nyuwun pangayoman marang Gusti kang Maha Agung lumantar tradhisi.

Tradhisi kang gegayutan karo wayang yaiku sedhekah bumi utawa merti desa,

lan ruwatan. Ing tradhisi merti desa biasane njupuk lakon-lakon anyar lan lakon

carangan, kang gegayutan karo pembangunan. Upamane Semar Mbangun

Kahyangan, dene ing tradhisi ruwatan ana lakon kang mligi kanggo ruwatan, yaiku

Murwakala kanggo ngruwat wong sukerta. Kanggo tolak balak supaya kalis ing

sambekala, ora dadi mangsane Bethara Kala. Kejaba tolak balak, merti desa uga

minangka tasyakuran, lan panyuwunan.

Page 25: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · 5 Dewi Sita/ Sinta Dewi Sita/ Sinta (4) Rahwana Rahwana, yaiku

24

DAFTAR PUSTAKA

Padmosoekotjo. 1979. Silsilah Purwa Mawa Carita. Jld. I. Surabaya. CV Citra Jawa.

Padmosoekotjo. 1982. Silsilah Purwa Mawa Carita. Jld. III. Surabaya. CV Citra Jawa.

Pringgadigda, Suwarna. 1998. Gita Wicara Jawi. Yogyakarta. Penerbit Kanisus.

Sastro Utomo, Sutrisno. 2005. Upacara Daur Hidup Adat Jawa. Semarang. Effhar & dahara Prize.

Soemodidjojo,R. 1993 Kitab Primbon Betaljemur Adammakna, Yogyakarta, Penerbit, Soemodidjojo Mahadewa.

Suwarni, 2008. ”Naskah Dewi Sri Sadana, kajian sosiokultual” Tesis. Pasca Sarjana Unesa.

Sumber Internet:

(1) (simplicityarea.blogspot.com/2010/12/upacara-ruwatan.htm, diakses tgl 20

Juli 2016 )

(2) (https://www.google.com/search?q=RUWATAN&sa=X&biw=1366&bih=657&t

bm=isch&tbo=u&sour, diakses tgl 10 Juli 2016)

(3) https://www.google.co.id/search?q=gambar+wayang+gatotkaca&sa=X&biw=

diakses tgl.15 Juli 2015)

(4) https://wayang.wordpress.com/2010/07/20/pandawa-2-bima-werkudara-

bimasena-bratasena-abilawa/ tgl.15 Juli 2015)

(5) https://tanahmemerah.wordpress.com/lawak/bahasa-indonesia/tokoh-

tokoh-pewayangan-ramayana/.... tgl.15 Juli 2015)

(6) http://ceritawayangbahasajawa.blogspot.com/2015/08/cerita-wayang-

mahabarata-bahasa-jawa.html tgl.15 Juli 2015)

Page 26: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017/Bahasa Jawa... · 5 Dewi Sita/ Sinta Dewi Sita/ Sinta (4) Rahwana Rahwana, yaiku

25