sumber belajar penunjang plpg 2017 mata …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/modul...

33
SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA PELAJARAN/PAKET KEAHLIAN BAHASA JAWA BAB II PARAMASASTRA LAN PENGETRAPANE OLEH: DRA. SRI SULISTIANI, M.Pd. DRA. SUWARNI, M.Pd. DRS. SUGENG ADIPITOYO, M.Si. DR. SURANA, M.Hum. KEMENTERIAN PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN DIREKTORAT JENDERAL GURU DAN TENAGA KEPENDIDIKAN 2017

Upload: trinhkien

Post on 02-Feb-2018

515 views

Category:

Documents


6 download

TRANSCRIPT

Page 1: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017... ·  · 2017-07-27tembung linggane. Tuladhane: nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih

SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017

MATA PELAJARAN/PAKET KEAHLIAN

BAHASA JAWA

BAB II

PARAMASASTRA LAN PENGETRAPANE

OLEH: DRA. SRI SULISTIANI, M.Pd.

DRA. SUWARNI, M.Pd. DRS. SUGENG ADIPITOYO, M.Si.

DR. SURANA, M.Hum.

KEMENTERIAN PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

DIREKTORAT JENDERAL GURU DAN TENAGA KEPENDIDIKAN

2017

Page 2: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017... ·  · 2017-07-27tembung linggane. Tuladhane: nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih

1

KISI-KISI DAN BAHAN AJAR

No. Kompeten

si Utama

Standar Kompetensi Guru (SKG) Indikator

Pencapaian

Kompetensi (IPK)

Materi

pokok Kompetensi Inti

Guru (KI)

Kompetensi Guru

Mata Pelajaran

(KD)

A B C D E F

1. Profesional Menguasai

materi, struktur,

konsep, dan pola

pikir keilmuan

yang mendukung

mata pelajaran

yang diampu.

Menguasai dasar-

dasar dan kaidah

bahasa Jawa

sebagai rujukan

penggunaan

bahasa Jawa yang

baik dan benar.

Mengidentifikasi

jenis tembung

rangkep

Tembung

rangkep

2. Profesional Menguasai

materi, struktur,

konsep, dan pola

pikir keilmuan

yang mendukung

mata pelajaran

yang diampu.

Menguasai dasar-

dasar dan kaidah

bahasa Jawa

sebagai rujukan

penggunaan

bahasa Jawa yang

baik dan benar.

Menerapkan

tembung

dwipurwa dalam

kalimat bahasa

Jawa

Tembung

dwipurwa

3. Profesional Menguasai

materi, struktur,

konsep, dan pola

pikir keilmuan

yang mendukung

mata pelajaran

yang diampu.

Menguasai dasar-

dasar dan kaidah

bahasa Jawa

sebagai rujukan

penggunaan

bahasa Jawa yang

baik dan benar.

Mengidentifikasi

jinis tembung

Jinis

tembung

4. Profesional Menguasai

materi, struktur,

konsep, dan pola

pikir keilmuan

yang mendukung

mata pelajaran

yang diampu.

Menguasai dasar-

dasar dan kaidah

bahasa Jawa

sebagai rujukan

penggunaan

bahasa Jawa yang

baik dan benar.

Menjelaskan

proses

pembentukan

kata dalam

bahasa Jawa

Tata

tembung

5. Profesional Menguasai

materi, struktur,

konsep, dan pola

Menguasai dasar-

dasar dan kaidah

bahasa Jawa

Menentukan

tembung lingga

dalam suatu

Tata

tembung

BAB II

PARAMASASTRA LAN PENGETRAPANE

Page 3: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017... ·  · 2017-07-27tembung linggane. Tuladhane: nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih

2

pikir keilmuan

yang mendukung

mata pelajaran

yang diampu.

sebagai rujukan

penggunaan

bahasa Jawa yang

baik dan benar.

konteks kalimat

6. Profesional Menguasai

materi, struktur,

konsep, dan pola

pikir keilmuan

yang mendukung

mata pelajaran

yang diampu.

Menguasai dasar-

dasar dan kaidah

bahasa Jawa

sebagai rujukan

penggunaan

bahasa Jawa yang

baik dan benar.

Menganalisis

makna tembung

katrangan

berdasarkan

konteks kalimat

Tembung

katrangan

7. Profesional Menguasai

materi, struktur,

konsep, dan pola

pikir keilmuan

yang mendukung

mata pelajaran

yang diampu.

Menguasai dasar-

dasar dan kaidah

bahasa Jawa

sebagai rujukan

penggunaan

bahasa Jawa yang

baik dan benar.

Menggunakan

tembung sesulih

berdasarkan

konteks kalimat

Tembung

sesulih

8. Profesional Menguasai

materi, struktur,

konsep, dan pola

pikir keilmuan

yang mendukung

mata pelajaran

yang diampu.

Menguasai dasar-

dasar dan kaidah

bahasa Jawa

sebagai rujukan

penggunaan

bahasa Jawa yang

baik dan benar.

Menerapkan

tembung kriya

dalam

kesantunan

berbahasa

Tembung

kriya

9. Profesional Menguasai

materi, struktur,

konsep, dan pola

pikir keilmuan

yang mendukung

mata pelajaran

yang diampu.

Memiliki

keterampilan

berbahasa Jawa

(menyimak,

berbicara,

membaca, dan

menulis)

Menulis tembung

camboran dalam

kalimat beraksara

Jawa

Tembung

camboran

10. Profesional Menguasai

materi, struktur,

konsep, dan pola

pikir keilmuan

yang mendukung

mata pelajaran

yang diampu.

Memiliki

keterampilan

berbahasa Jawa

(menyimak,

berbicara,

membaca, dan

menulis)

Memberi contoh

tembung

camboran

Tembung

camboran

11. Profesional Menguasai

materi, struktur,

konsep, dan pola

pikir keilmuan

Memiliki

keterampilan

berbahasa Jawa

(menyimak,

Menggunakan

tembung entar

sesuai dengan

konteksnya

Tembung

entar

Page 4: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017... ·  · 2017-07-27tembung linggane. Tuladhane: nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih

3

yang mendukung

mata pelajaran

yang diampu.

berbicara,

membaca, dan

menulis)

12. Profesional Menguasai

materi, struktur,

konsep, dan pola

pikir keilmuan

yang mendukung

mata pelajaran

yang diampu.

Menguasai dasar-

dasar dan kaidah

bahasa Jawa

sebagai rujukan

penggunaan

bahasa Jawa yang

baik dan benar.

Menganalisis

fungtor dalam

kalimat

(Jejer –Wasesa –

Lesan –Geganep –

Katrangan)

Fungtor

kalimat

13. Profesional Menguasai

materi, struktur,

konsep, dan pola

pikir keilmuan

yang mendukung

mata pelajaran

yang diampu.

Menguasai dasar-

dasar dan kaidah

bahasa Jawa

sebagai rujukan

penggunaan

bahasa Jawa yang

baik dan benar.

Mampu

membedakan

kalimat

berdasarkan

predikat

Ukara

tanduk dan

ukara

tanggap

14. Profesional Menguasai

materi, struktur,

konsep, dan pola

pikir keilmuan

yang mendukung

mata pelajaran

yang diampu.

Menguasai dasar-

dasar dan kaidah

bahasa Jawa

sebagai rujukan

penggunaan

bahasa Jawa yang

baik dan benar.

Membuat ukara

tanduk sesuai

dengan

konteksnya

Ukara

tanduk

15. Profesional Menguasai

materi, struktur,

konsep, dan pola

pikir keilmuan

yang mendukung

mata pelajaran

yang diampu.

Menguasai dasar-

dasar dan kaidah

bahasa Jawa

sebagai rujukan

penggunaan

bahasa Jawa yang

baik dan benar.

Membuat ukara

tanggap sesuai

dengan

konteksnya

Ukara

tanggap

16. Profesional Menguasai

materi, struktur,

konsep, dan pola

pikir keilmuan

yang mendukung

mata pelajaran

yang diampu.

Menguasai dasar-

dasar dan kaidah

bahasa Jawa

sebagai rujukan

penggunaan

bahasa Jawa yang

baik dan benar.

Mengidentifikasi

jenis ukara

camboran

Ukara

camboran

17. Profesional Menguasai

materi, struktur,

konsep, dan pola

pikir keilmuan

yang mendukung

Menguasai dasar-

dasar dan kaidah

bahasa Jawa

sebagai rujukan

penggunaan

Membuat ukara

camboran sejajar

dengan tepat

Ukara

camboran

sejajar

Page 5: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017... ·  · 2017-07-27tembung linggane. Tuladhane: nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih

4

mata pelajaran

yang diampu.

bahasa Jawa yang

baik dan benar.

18. Profesional Menguasai

materi, struktur,

konsep, dan pola

pikir keilmuan

yang mendukung

mata pelajaran

yang diampu.

Menguasai dasar-

dasar dan kaidah

bahasa Jawa

sebagai rujukan

penggunaan

bahasa Jawa yang

baik dan benar.

Membuat contoh

ukara camboran

susun

Ukara

camboran

susun

Paramasastra iku ngelmu tata basa lan sastra, utamane basa Jawa. Tembung iki

dijupuk saka parama (tata basa) lan sastra. Tata basa Jawa akeh njupuk saka

Sansekerta. Minangka sarana komunikasi, struktur basa Jawa katata jroning aksara

lan tembung kang karakit dadi ukara, kanthi migatekake paugeran kang gumathok.

Kanggo milah struktur basa kanthi luwih jero digunakake sawetara ilmu sing tansah

ditrapake nalika nyinaoni basa, yaiku: (1) Widyaaksara (fonologi), (2) Widyatembung

(morfologi), (3) Widyaukara (sintaksis), lan (4) Widyamakna (semantik) (Sasangka,

2011:1).

Adhedhasar kisi-kisi dan bahan ajar, saperangan saka paramasastra

kaandharake ing ngisor iki:

I. WIDYA TEMBUNG (MORFOLOGI)

Widya tembung utawa tata tembung (morfologi) iku kalebu sempalane

paramasastra kang ngrembug lan nyinau bab tembung, dumadine tembung, lan

owahe sawijining tembung dadi tembung liya karana kawuwuhan imbuhan

(pangimbuhan/ afiksasi), karangkep (pengulangan/reduplikasi), utawa kagabung

utawa kacambor (pemajemukan/ kompositum) (Sasangka, 2011:38).

A. JINISE TEMBUNG

Ana ing basa Jawa, warna-warnaning tembung kaprinci dadi 10 (sepuluh)

golongan, yaiku:

1) Tembung Kriya, tuladha: mlaku, tuku, adol

2) Tembung Aran, tuladha: omah, sawah, tikus

3) Tembung Kaanan (sifat), tuladha: abang, kuru, kendel

4) Tembung Katrangan, tuladha: prajoga, kira-kira, dumadakan

Page 6: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017... ·  · 2017-07-27tembung linggane. Tuladhane: nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih

5

5) Tembung Sesulih, tuladha: aku, iki, iku

6) Tembung Wilangan, tuladha: siji, akeh, kepitu

7) Tembung Panggandheng, tuladha: ing, saka, menyang

8) Tembung Ancer-ancer, tuladha: marang, nganti, kanthi

9) Tembung Panyilah, tuladha: sri, si, sang

10) Tembung Panyeru, tuladha: adhuh, wah, halo

(*Sumber jangkep buku Paramasastra Djawa (Padmosoekotjo) lan

Paramasastra Gagrag Anyar Basa Jawa (Sry Satriya catur Wisnu Sasangka)

B. WUJUDE TEMBUNG

Adhedhasar wujude, tembung basa Jawa kabedakake, (1) tembung lingga, (2)

tembung andhahan, (3) tembung rangkep, lan (4) tembung camboran.

1) TEMBUNG LINGGA

Tembung lingga yaiku tembung kang durung owah saka asale, kang durung oleh

imbuhan apa – apa, utawa tembung kang isih wungkul, isih wantah utawa isih asli.

Tembung lingga bisa digolongake wujud bebas (bentuk bebas). Tembung lingga ana

kang dumadi saka sakwanda, rong wanda, utawa telung wanda (suku kata).

Tuladha : turu, tangis, pari, pangan, mustaka, tulis, laku

2) TEMBUNG ANDHAHAN (KATA JADIAN)

Tembung andhahan yaiku tembung kang owah saka asale. Tembung andhahan

dumadi saka tembung lingga kang oleh imbuhan utawa tembung lingga kang wis

dirimbag. Owah-owahan iku bisa awujud : (1) wuwuhan (imbuhan), (2) ngrangkep

tembung (kata ulang), lan (3) nyambor tembung (kata majemuk).

Salah sawijine cara ndhapuk tembung andhahan iku kanthi menehi wuwuhan.

Wuwuhan iku ana telu, yaiku : ater - ater (awalan), seselan (sisipan),lan panambang

(akhiran).

a. Ater – ater (awalan, prefiks)

Ater-ater iku wuwuhan kang dununge ing kiwane tembung utwa ing ngarep

tembung. Cacahe ater-ater iku pirang-pirang, yaiku ater-ater anuswara, ater-ater

tripurusa, ater-ater a- (ma-), ka-, ke-, sa-, pi-, pri-, kuma-, kami-, kapi-, lan

Page 7: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017... ·  · 2017-07-27tembung linggane. Tuladhane: nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih

6

sapanunggalane. Panulise ater-ater tansah sumambung utawa gandheng karo

tembung linggane. Tuladhane:

nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih buku matematika.

mlaku = m- + laku = Rina mlaku karo kancane menyang pasar.

diwaca = di- + waca = Bukune diwaca kancane.

kesandhung = ke- + sandhung = Sikile tatu amarga kesandhung watu.

dakjupuk = dak- + jupuk = Klambine wis dakjupuk saka penjait.

b. Seselan (sisipan, infiks)

Seselan yaiku wuwuhan kang kadunungake ing tengahe tembung. Seselan ing

basa Jawa cacahe mung ana 4, yaiku –um-, -in-, -er-, lan –el-.

(1) Seselan –um-

Seselan –um- sinebut [bawa ma] diseselake ing tembung lingga. Yen

tembung linggane apurwa vokal, seselan –um- malih dadi m- lan dumunung

ing ngarepe tembung.

Tuladhane:

udhun + (-um-) = umudhun = mudhun

ili + (-um-) = umili = mili

panggang + (-um-) = pumanggang = kumanggang /kemanggang

pinter + (-um-) = puminter = kuminter = keminter

bagus + (-um-) = bumagus = gumagus = gemagus

bakar + (-um-) = bumakar = gumakar = gemakar

dunung + (-um-)= dumunung

seleh + (-um-)= sumeleh

(2) Seselan -in-

Seselan -in- uga diarani [tanggap na], jalaran tembung lingga kang seselan -in,

mesthi malah dadi tembung kriya, yaiku kriya tanggap. Dadi pada karo ater-

ater di-.

Tuladhane:

pedhang + (-in-) = pinedhang

sapu + (-in-) = sinapu

antem + (-in-) = inantem = ingantem

aras + (-in-) = inaras = ingaras

(3) Seselan -er- lan -el-

Page 8: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017... ·  · 2017-07-27tembung linggane. Tuladhane: nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih

7

Seselan -er-, lan -el- biasane malih dadi -r-, lan -l-. Seselan iki gunggunge

mung winates, amarga ora kabeh tembung bisa diseseli -er- lan -el-.

Tuladhane:

kelip + (-er-) = kerelip = krelip

jerit + (-el-) = jelerit = jlerit

gandhul + (-er-) = gerandhul = grandhul

titi + (-el-) = teliti = tliti

kepyur + (-er-) = kelepyur = klepyur

c. Panambang

Panambang utawa akhiran (sufiks) yaiku wuwuhan sing dumunung ing buri

tembung. Panulise kudu sumambung karo tembung linggane. Jinise panambang

ing antarane, yaiku –i, -a, -e, -en, -an, -na, -ana, lan -ake. Pandhapuke tembung

andhahan amarga oleh panambang umpamane :

telatan = telat + -an = telatan

awake = awak + -e = awake

bukuku = buku + -ku = bukuku

tulisen = tulis + -en = tulisen

lungguh = lungguh + na = lungguhna

kandha = kandha + ana = kandha(-an)ana = kandhanana

tali = tali + ana = tali (-an) ana = talenana

tuku = tuku + ana = tuku (-an) ana = tukonana

tamba = tamba + ane = tamba (-an) ane = tambanane

kendho = kendho + ake = kendho (-k) ake = kendhokake

beta = beta + aken = beta (-k) aken = betakaken

d. Wuwuhan Gabung (Konfiks)

Wuwuhan gabung iku dumunung ing tembung lingga kanthi rumaket, tegese

ater-ater lan panambang dienggo bebarengan. Kang kalebu imbuhan gabung

utawa konfiks, yaiku: ka- an, ke-en, pe-an, pa-an, lan pra-an. Tuladhane:

cilik = ke + cilik + en = keciliken

lurah = ka + lurah + an = kalurahan

pinter = ka + pinter + an = kapinteran

bupati = ka + bupati + an = kabupati [a]n= kabupaten [ i +a = e]

gunung = pa + gunung + an = pagunungan

Page 9: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017... ·  · 2017-07-27tembung linggane. Tuladhane: nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih

8

Pandhapuke konfiks liyane, yaiku di-i/ni, di-ake, N + i, N + ake, N + na. Tuladhane:

kandha = di + kandha + i = dikandhani

panas = di + panas + i = dipanasi

cilik = di + cilik + ake = dicilikake

jago = di + jago + ake = dijagokake

sangu = N (ny) + sangu + i = nyangoni

jaga = N (n) + jaga + ake = njagakake

kabar = N (ng) + kabar + na = ngabarna

C. TEMBUNG TANDUK LAN TEMBUNG TANGGAP

Tembung tanduk lan tembung tanggap iku kalebu tembung kriya, saengga

rimbage diarani kriya tanduk lan kriya tanggap. Pandhapuke kaya mangkene:

a. Rimbag Tanduk

Pandhapuke rimbag tanduk yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater

anuswara . Wujude ater-ater anuswara iku an-, am-, ang-, any-. Ater-ater anuswara

lumrahe ateges solah tingkah utawa nindakake pagaweyan. Ater-ater uga lumrah

mratelakake tembung “tanduk” (aktif). Rimbag tanduk kaperang dadi telu, yaiku:

(1) Tanduk kriyawantah

Tuladha:

- an + tandur = antandur = nandur -(t, luluh)

Pak Suradi nandur pari ana ing sawah.

- any + cokot = anycokot = nyokot -(c, luluh)

Adik lara untune amarga nyokot es.

(2) Tanduk kekriya { tembung tanduk + ake}

- Rini nulisake adhine tembang dolanan.

(3) Tanduk ikriya {tembung tanduk + i}

- Pak Tarno lagi mbanyoni sawahe.

Tembung kang oleh ater ater Anuswara nduweni teges, yaiku:

(1) Nyambut gawe : njenu, macul, medhang.

Bapak macul ana tegal.

(2) Nganggep : mbapa, ngadhi, mbibi.

Budi wis kulina mbapa marang simbahe.

Page 10: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017... ·  · 2017-07-27tembung linggane. Tuladhane: nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih

9

(3) Dadi (dados) : mbatur, nyantrik, nyudagar, nuwani.

Mbak Santi wis setaun mbatur ana ing omahe pak lurah.

(4) Nuju menyang : minggir, ngulon, munggah

Bocah-bocah mau pada ngulon.

(5) Gawe utawa damel : nggule, ngabon, nyambel.

Ibu lagi nyambel tomat ono pawon.

(6) Menehi utawa nyukani : nyadhong, makani, nyandhangi, nyamaki.

Adik lagi makani pitik ana ing buri omah.

(7) Kaya utawa kados : mbodhoni, mbisu, ndesani, ngetumbar, mucuk eri.

Genea ta kowe, awit mau kok mbisu ?

(8) Saben wong nampa : niji, ngloro, matang liter.

Aku lan Rini pada entuk buku ngloro.

(9) Nambahi : ndhuwurake, ndawani, nggedheni

Rama ndhuwurake antena tv ben bisa nonton bal-balan.

(10) Ngetrapake : nglambeni, napeni, nyetuti.

Simbah napeni beras ing latar.

(11) Lagi wektune utawa saweg wancinipun : mbosoki, ngretegi.

Amarga ora kepangan peleme mbosoki.

b. Rimbag Tanggap

Pandhapuke rimbag tanggap, yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater tripurusa

utawa ater-ater kang mujudake sesulih purusa. Ater-ater tripurusa iku kosokbalene

ater-ater anuswara. Beda karo ater-ater anuswara, dene ater-ater tripurusa

mratelakake tembung “tanggap” (pasif). Cacahe ater-ater tripurusa ana telu,

yaiku dak, ko, di.

Ater-ater tri purusa kaperang dadi 3 werna, yaiku:

1) [dak] diarani utamapurusa: sesulihe purusa/ wong kapisan, yaiku aku, kula,

kawula, ingsun, hulun, lsp. Tuladhane: daktulis, dakgambar, dakwaca

2) [ko/kok] diarani madyamapurusa: sesulihe purusa/ wong kapindho, yaiku

kowe, sampeyan, dika, keng slira, penjenengan, slirane, paduka, lsp. Tuladhane:

kotulis, kogambar, kowaca.

Page 11: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017... ·  · 2017-07-27tembung linggane. Tuladhane: nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih

10

3) [di] diarani pratama purusa: sesulihe purusa/wong katelu, yaiku dheweke,

piyambake, penjenengane, lsp. Tuladhane: ditulis, digambar, diwaca, digawa,

Pagetrapane sajrone ukara, tuladhane:

(1) Mas Irwan didangu Budhe Narti.

(2) Komputere arep kokapakake?

(3) Sega gorenge arep dakpangan.

(4) Roti sing neng meja wis dakpangan mau esuk.

(5) Ibu ngasta oleh-oleh jeruk, banjur mau dipangan Adit.

D. TEMBUNG RANGKEP

Sing dikarepake tembung rangkep, yaiku tembung kang ucapake ambali

saperangan utawa kabeh. Kayata: putra-putra, tetuku, cengenges. Tembung kang

dirangkep iku dibedakake dadi telung warna, yaiku: dwilingga, dwipurwa, lan

dwiwasana.

a. Tembung Dwilingga

Dwilingga yaiku tembung lingga kang dirangkep. Pangrangkepe tembung lingga

iku ana kang karangkep wutuh lan ana kang karangkep mawa owah-owahan

swara (Sasangka, 2011:100). Tuladhane:

(1) Rahmad mulihe nyambut gawe mesthi bengi-bengi. Senadyan ta udan-

udan dheweke tetep mulih.

(2) Senadyan wis bola-bali dikandhani bocah iku tetep ora nggatekake.

(3) Wiwit mau kok wira-wiri, apa ta sing digoleki?

Tembung [udan-udan] lan [bengi-bengi] asale saka tembung lingga [udan]

lan [bengi] kang diunekake ping pindho. Pandhapuke tembung mengkono iku

aran dwilingga-dadi wujude : [lingga + lingga]

Sawenehe tembung dwilingga, wis ora dimangerteni asale utawa apa tegese

linggane, marga pancen wis ora tau kanggo ing sedina-dina. Tuladhane tembung

alun-alun ‘papan bawera utawa jembar’ lan agul-agul ‘sing diendel-endelake.

Semono uga tembung wira-wiri, kolang-kaling, wonti-wanti, mangu-mangu,

rewa-rewa, eter-eter, abah-abah, ada-ada. Pandhapuke tembung dwilingga

kang owah tembunge kang ngarep, kang buri, utawa owah tembunge karo pisan,

dene arane banjur dadi rimbag dwilingga salin swara.

Tuladhane kang owah tembunge kang ngarep, kayata:

Page 12: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017... ·  · 2017-07-27tembung linggane. Tuladhane: nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih

11

(1) Njupuka, aku rak wis kandha olah-oleh.

(2) Mitraku kerep banget mora-mara mrene. Semono uga: orak-arik, golak-

golek, opak-apik.

(3) Wis entek, aja pijer salak-selek. Bocah cilik iku pijer madhang-medheng.

Aja muni macan-mecen, adhimu kamigilan.

b. Tembung Dwipurwa

Dwipurwa iku tembung kang dumadi saka pangrangkepe purwane tembung

lingga utawa pangrangkepe wanda kawitaning tembung. Tuladhane:

(1) Ingkang raka sapunika gegriya ing Tegal-blateran.

(2) Wong iku bok ya ngerti marang pepadhane.

Rimbage tembung [gegriya] asale saka [gri + griya], dene [pepada] asale saka

[pa + pada]. Tembung kang dirangkep purwaning linggane, rimbage aran

dwipurwa

c. Tembung Dwiwasana

Tembung dwiwasana iku tembung kang ngrangkep wanda wekasan utawa

ngrangkep wasananing tembung. Wujude saka tembung lingga, karaketan

wandane kang buri. Tuladhane:

(1) Barang mbedhudhug ing amben kae apa?

(2) Mripate pating jelalat pendirangan.

Katrangan: [ bedhug + dhug] dadi [bedhudhug], dene [ jelat + lat] dadi

[jelalat].

Lumrahe tembung dwiwasana dikantheni tembung [pating]. Dadi yen mengkono

kagolong ewone tembung : kahanan.

E. TEMBUNG CAMBORAN

Tembung camboran (basa Indonésia: kata majemuk), iku rong tembung utawa

luwih kang digandheng dadi siji ngliwati sawijining proses morfologi. Proses morfologi

yaiku proses owah-owahan saka morfem dadi polimorfem, sing nduweni kategori lan

makna wutuh, saengga polimorfem iku diarani tembung

(https://jv.wikipedia.org/wiki/Tembung_camboran diakses tanggal 20 Juli 2016).

Sasangka (2011:105) ngandharake tembung camboran utawa kata majemuk

(kompositum) yaiku tembung loro utawa luwih sing digandheng dadi siji lan tembung

Page 13: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017... ·  · 2017-07-27tembung linggane. Tuladhane: nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih

12

mau dadi tembung anyar kang tegese uga melu anyar. Jroning basa Jawa, ana telung

proses morfologi sing disinaoni, yaiku proses wuwuhan (pengimbuhan), proses

rangkep (pengulangan), lan proses camboran (pemajemukan). Tembung camboran

bisa diwuwuhi imbuhan apa wae. Proses camboran (pemajemukan) yaiku proses

panggabungan morfem dhasar, sing biasa digabung yaiku lingga karo lingga liyane.

Camboran diperang dadi loro, yaiku camboran wutuh lan camboran wudhar.

Miturut wutuh orane, tembung camboran iki kaperang dadi loro, yaiku:

(1) Tembung camboran wutuh

Tembung camboran wutuh yaiku tembung camboran kang dumadi saka

tembung-tembung kang isih wutuh (Sasangka, 2011:105). Tuladhane: dhadha

menthok, gantung siwur, semar mendem, randha royal, sisik melik, kalamenjing,

raja lele, lan sapanunggalane.

(2) Tembung camboran tugel

Tembung camboran tugel yaiku tembung camboran kang dumadi saka tembung

kang isih wutuh lan tembung wancahan, utawa kabeh tembung camboran iki kabeh

dumadi saka tembung wancahan (Sasangka, 2011: 106). Tuladhane:

(1) bangjo: abang - ijo

(2) panastis : panas - atis

(3) barji barbeh: bubar siji bubar kabeh

(4) gaji wakma: sega siji iwake lima

(5) nasgithel:panas legi kenthel sp.

F. TEMBUNG ENTAR

Tembung entar ya iku tembung loro utawa luwih sing digabung dadi siji lan

tegese dadi beda saka asal-usule. Tembung entar tegese ora kaya teges salugune

(kata kiasan) utawa tembungkang ora kena ditegesi sawantahe bae. Ing basa

Indonesia diwastani tembung silihan (kiasan), ing basa Walanda diwastani Figuurlijke

betekenis.

A

01. abang kupinge = nesu banget

02. (ng)abangke kuping = gawe nesu

03. abang abang lambe = ora temenan, mung lelamisan

04. abang raine = nandhang isin (wirang)

05. adol ayu = ngendelake ayune

Page 14: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017... ·  · 2017-07-27tembung linggane. Tuladhane: nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih

13

06. adol bagus = ngendelake baguse

07. adol gawe = ngatonake penggaweyane

08. adol kringet = nyambut gawe

09. adol kwanen = ngendelake kwanene

10. adol krungon = golek-golek warta/kabar

11. adol sendhe = adol barang menyang gadhen

12. adol umbag/umuk = akeh omonge, ning ora ana nyatane

13. adus getíh = tatune nemen banget

14. adus kringet = nyambut gawe, abot banget

15. adus luh = nemen anggone nangís

16. akeh sandhungane = akeh alangane

17. alajenenge = kurang dipercaya

18. ala kandhutane = ala watake

19. ala tembunge = tembunge kasar/saru

20. alus tembunge = kepenak dirungokake

21. ambajangkahe = bisa ikhtiyar mrana-mrana

22. apus krama = dibujuki/diapusi cara alus

23. asor budine = bbudene ala

24. asor yudane = kalah

25. ati dhondhong = atine ala

26. atine ana wulune = atine ala/dengki

B

01. (m)balang liríng = nglirik mripat

02. bau suku = abdi/batur

03. bau tengen = wong kang dipercaya

04. bening atine = sumeh

05. (m)buwang sangkal = ngilangi/mbuang apes

06. (m)bukak wadi = ngandhakake wewadine

07. (m)buwang tilas = nutupi tumindake sing ala

C

01. cagak lek = camilan supaya betah melek

02. cagak urip = kanggo nyukupi kebutuhan uripe

03. cancut taliwanda= tandang gawe

04. cangkem gatel = seneng ngrasani/nggunem

05. cedhak umure = gelis mati

06. cepak jodhone = gelis oleh jodho

07. cepak rejekine = gampang oleh rejeki

08. cilik atine = kuwatir/wedi

09. cupet atine = gampang nesu

10. cupet budine = ora bisa nggayúh kautaman

11. cupet jangkahe = ora bisa golek sarana

Page 15: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017... ·  · 2017-07-27tembung linggane. Tuladhane: nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih

14

12. cupet nalare = ora bise mikirake werna-werna

13. cupet pangandele = ora percaya

D

01. dadi gawe = ngrepotake

02. dawa-dawa uja = perkara kang ora uwis-uwis

03. dawa tangane = seneng nyolong jupuk

04. (n)dhedherr kautaman = nandur kebecikan

05. dhuwur atine = gumedhe

06. dhuwur pangkate = dadi wong pangkat/panguwasane

E

01. empuk rembuge = guneme enak dirungokake

02. entek atine = keweden/kuwatir banget

03. entheng sanggane = ora rekasa

04. entheng tangane = seneng tandang gawe

G

01. (ng)gadho ati = gawe susah ati

02. gantung kepuh = sandhangane ora tau ganti

03. (ng)gantung untu = selak kepingin mangan

04. gedhe atine = tatag; ora kuwatir

05. gedhe endhase = sombong/ kumalungkung

06. gedhe omonge = umuk ora ana nyatane

07. gedhe tekade = ora gampang pasrah

08. (ng)gedhekake puluk = ora ana prihatine

09. (ng)gegem tangan = kesed nyambut gawe

10. gilig rembuge = rembugane pasti/mesthi

11. gilig tekade = tekade ora bakal mundur

12. (ng)gilud kawruh = golek ilmu kanthi mempeng

13. golek slamet = ati-ati supaya, ora cilaka

14. golek uríp = nyambut gawe nggo nyukupi butuhe

I

01. idu geni = omongan tansah kelakon

02. ilat mati = ora bisa ngrasakake

03. ilang klilipe = ilang mungsuhe

J

01. jakalara = rikala nom-e rekasa

02. jembar dhadhane = sugih pangapura; sabar banget

03. jembar kawruhe = akeh ngilmune

04. jembar kubure = mlebu swarga

05. jembar polatane = sumringah

06. jembar segarane = sugih pangapura; sabar

07. jero kawruhe = akeh ngilmune; pinter

Page 16: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017... ·  · 2017-07-27tembung linggane. Tuladhane: nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih

15

K

01. kadalu warsa = kasep; wis kliwat

02. kandel kulite = digdaya; sekti

03. kandel kupinge = ora nggugu pitutur

04. kaku atine = tansah ora sarujuk/sulaya

05. kasar tembunge = tembung saru

06. katon dhadhane = wani adu arep

07. kegugah atine = sadar/eling

08 kelepetan ala = katut ala

09. kembang lambe = tansah digunem kebecikane

10. kakehan tangan = kakehan sing nyandhak

11. kembang uríp = lelakone wong urip werna-werna

12. kena tinenga-tenga = kena disambati

13. kenceng karepe = kkekarepane kudu keturutan

14. kenceng tekade = tekade ora bakal mundur

15. kulak warta = golek kabar/warta

16. kuwat drajat = cocok dadi pemimpin/panguwasa

17. kuwat isin = mblebes ora isinan

18. kuwat mangan = mangane akeh

L

01. lambe tipis = criwis/akeh omonge

02. landhep dhengkul = kethul banget

03. landhep pikirane = pinter banget; gampang ngerti

04. lara ati = seruk atine

05. lara ayu = lara cacar

06. lara owah = edan; gendheng

07. larang pangan = paceklík

08. lobok atine = sabar

09. luhur budine = kelakuane becik/apíik

10. luhur drajade = dadi wong pangkat/panguwasa

11. lurus lakune = jujur

12. lumah tangan = ora gelem cawe-cawe

13. lunyu ilate = guneme mencla-mencle

M

01. manis eseme = esem ngresepake ati

02. manis rembuge = guneme nyenengake ati

03. mara tangan = seneng gawe lara/ milara

04. masa bodhoa = pasrah

05. mata dhuwitan = srakah marang dhuwit

06. mata loro = mangro tingal

Page 17: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017... ·  · 2017-07-27tembung linggane. Tuladhane: nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih

16

07. mateni pangane = gawe ilang panguripane

N

01. nandhang sungkawa = lagi susah

02. nandur kebecikan = gawe kebecikan

03. ngadu wuleding kulit = adu kekuwatan

04. ngangsu kawruh = golek ngelmu/meguru/sekolah

05. ngatonake siyunge = nuduhake kekuwatane/ kuwanene

06. ngatonake dhadhane = umuk, sumbar

O

01. oleh ati = disenengi

02. oleh gawe = kaleksanan

03. oleh wirang = kisinan

04. oleh lara = kalaran

05. ora duwe ati = kuwatir banget, wedi

06. ora melek = ora ngerti

07. ora ngundhuh = ora oleh apa-apa

P

01. padhang dalan = mlebu swarga

02. padhang hawa= lair ing donya

03. padhang langite = seneng

04. padhang pikire = lega seneng

05. padhang ulate = sumeh

R

01. rai gedheg = ora duwe isin

02. (ng)rengga praja = njaga negara

03. (ng)rengga salira = dandan/macak

04. runtuh atine = tuwuh welase

05. rupak atine = cugetan/ora gampang ngapura

06. rupak jagade = judheg; ora bisa mrana-mrana

S

01. sabuk gelang = sawahe akeh banget

02. sepi kawruh = bodho/ora duwe ilmu

03. sepi pamríh = ora duwe pamríh

T

01. tadhah kalamangsa = dipangan

02. tadhah udan = lirangan gedhang sing dhuwur dhewe

03. tatu atine = serik banget

04. tanpa tilas = entek blas

U

01. udan tangis = akeh sing padha nangisi

02. ulat peteng = katon nesu

Page 18: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017... ·  · 2017-07-27tembung linggane. Tuladhane: nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih

17

03. ulat manis = sumeh

W

01. walang ati = sumelang/kuwatír

02. wani mati = nekad/kendel banget

03. wani silit wedi rai = ora wani terang-terangan

04. weteng kadut = dremba/ora tampikan

(https://tanahmemerah.wordpress.com/kasastraan/.../tembung-entar diakses 21 Juli 2016)

II. WIDYA UKARA (SINTAKSIS)

Widya ukara kalebet peranganing paramasastra ingkang ngrembag babagan

ukara, frasa lan klausa.

A. UKARA

Ukara inggih punika rerangkening tembung ingkang saged ngandharake

satunggaling karep ingkang jangkep. Jalaran nerangaken tembung supados dados

ukara punika mawi pranatan utawi paugeran ingkang gumathok, tandha-tandhanipun

inggih punika :

(1) Saged madeg piyambak.

(2) Dumadi saking satunggal klausa ( jejer satunggal lan wasesanipun inggih

satunggal ).

(3) Wiwitanipun ukara kaserat mawi aksara ageng lan wasesanipun mawi

tandha titik, koma, titik koma, tandha seru saha tandha pitakon.

(4) Mawi intonasi (laguning pakecapan).

Tuladha :

1) Aku sinau, adhiku malah dolan.

J W J W

Aku sinau = klausa ning inggih ukara

Malah dolan = frasa kriya

Adhiku malah dolan = klausa ning inggih ukara

Aku sinau, adhiku malah dolan = ukara

2) Bukune Budi isih apik, bukune Iwan wis rusak.

J W J W

Bukune Budi = frasa aran

Page 19: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017... ·  · 2017-07-27tembung linggane. Tuladhane: nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih

18

Isih apik = frasa kahanan

Wis rusak = frasa kahanan

Bukune Budi isih apik = klausa nanging inggih ukara

Bukune Iwan wis rusak = klausa nanging inggih ukara

Bukune Budi isih apik, bukune Iwan uwis rusak = ukara

Adhedhasar rangkaning ukara (struktur kalimat), ukara salebetipun basa Jawi ingkang

baku punika cacahipun wonten 5 inggih punika :

(1) J – W

(2) J – W – L

(3) J – W – Gg (geganep)

(4) J – W – L – Gg

(5) J – W – K

a. Jejer

Jejer utawi subjek inggih punika perangan ingkang dados bakuning ukara utawi

perangan ingkang dados lajenging ukara. Pramila adhedhasar pranataning ukara, jejer

punika limrahipun mapan utawi dumunung wonten ngajeng, ananging

kalamangsanipun saged mapan wonten ing tengah utawi pungkasaning ukara.

Titikan (ciri) jejer ing antawisipun inggih punika :

1) Minangka jawaban pitakenan sapa utawi apa

Tuladha : Doni sinau. Sapa sing sinau? Jawabanipun: Doni

Sepatune mlayu dhewe. Apa sing mlayu? Jawabanipun: sepatune

2) Saged ngginakaken tembung “iku” kejawi manawi jejeripun namaning tiyang,

nama dhiri (nagari, kitha, instansi) utawi pronomina (aku, kowe, dheweke) boten

prelu ngginakaken tembung “iku”.

Tuladha : Indonesia isih nandhang krisis.

Sepur iku nabrak bis.

3) Saged kaparingan katrangan pewates “sing” mapan sasampunipun jejer, nanging

kalamangsanipun jejer “sing” boten prelu kasebataken.

Tuladha : Bocah sing kaosan ijo lagi nangis.

Murid (sing) anyar kuwi saka Demak.

Page 20: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017... ·  · 2017-07-27tembung linggane. Tuladhane: nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih

19

4) Saged kaparingan jenis-jenis tembung sanesipun tembung aran. Jejer boten

saged kadhisikan tembung ancer-ancer, namung tembung lan frasa sanes ugi

saged dados jejering ukara.

Pandhapuke jejer iku maneka warna, yaiku:

(1) Jejer ingkang awujud tembung utawi frasa aran.

Tuladha : Ana kirang tampil basa Jawi.

(2) Jejer ingkang awujud tembung utawi frasa kriya.

Tuladha : Mulang tari bisa nambah rejeki.

(3) Jejer ingkang awujud tembung utawi frasa kahanan.

Tuladha : Ayu durung mesthekake tumindhake becik.

(4) Jejer ingkang awujud tembung utawi frasa wilangan.

Tuladha : Panca iku wilangan gangsal.

(5) Jejer ingkang awujud tembung utawi frasa sesulih purusa.

Tuladha : Awake dhewe kudu saya sregep sinau.

Tuladha ukara ingkang jejeripun wonten ing tengah lan wekasaning ukara:

(1) Kanthi ulat peteng, Najwa nyapun plataran ngarepan.

(2) Marga mumet, Safriel mulih ndhisik.

(3) Alon-alon lan ngati-ati, Sintha nuntun adhine.

(4) Yen mangkono ditulis waekabeh welinge.

(5) Karo ngepit diklebat-klebatake genderane.

b. Wasesa

Wasesa utawi predikat punika perangan ingkang dados inti utawi punjering

ukara. Ukara ingkang tanpa wasesa boten saged kawastanan ukara, ananging kalebet

frasa. Miturut pranataning ukara, wasesa punika mapan sasampunipun jejer, dene

ingkang saged dados wasesa adhakanipun tembung utawi frasa kriya, namung

kalamangsanipun tembung sanes inggih saged.

Titikan (ciri) wasesa antawisipun :

(1) Wasesa ingkang awujud tembung utawi frasa kriya.

Tuladha : Adhik nangis.

(2) Wasesa ingkang awujud tembung utawi frasa kahanan.

Tuladha : regane larang

Page 21: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017... ·  · 2017-07-27tembung linggane. Tuladhane: nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih

20

(3) Wasesa ingkang awujud tembung utawi frasa aran.

Tuladha : Isine tas iku buku

(4) Wasesa ingkang awujud tembung utawi frasa wilangan.

Tuladha : Wit jambu ing kebone embah putri seket wit.

(5) Wasesa ingkang awujud tembung utawi frasa ancer-ancer.

Tuladha : Dwi menyang Demak karo Budhene.

c. Lesan

Lesan utawi objek punika badhe wonten menawi ukaranipun tanduk (kalimat

aktif). Ukara tangggap (kalimat aktif) boten anggadhahi lesan, jalaran lesan punika

perangan ukara ingkang gumantung wasesanipun. Dados lesan wonten ing ukara

manawi wasesanipun ukara, awujud tembung kriya tanduk.

Titikane (ciri) lesan ing antawisipun :

1) Dumunung wonten sawurining wasesa, ingkang awujud tembung kriya.

Tuladha :

(1) Celeng-celeng padha ngrusaki tanduran timun.

(2) Ibu mundhut sayuran.

(3) Bapak ngguyang sepedha motor.

2) Saged dados jejer manawi ukaranipun kaewahi dados ukara tanggap.

Tuladha :

(1) Tanduran timun dirusak celeng-celeng.

(2) Sayurane dipundhut ibu.

(3) Sepedha motore diguyang bapak.

d. Geganep

Geganep utawi pelengkap punika kalebet perangan ukara ingkang ginanipun

kangge njangkepi wasesa. Ukara ingkang wonten geganepipun punika padatan

wasesanipun awujud tembung kriya. Bentenipun geganep kaliyan lesan :

a) Lesan saged kadadosan jejeripun ukara tanggap,

b) Geganep boten saged kadadosaken jejer wonten ing ukara tanggap, saupamia

saged ukaranipun badhe ewah tegesipun. Ananging manawi sawingkingipun

Page 22: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017... ·  · 2017-07-27tembung linggane. Tuladhane: nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih

21

wasesa wonten lesanipun, geganep dumunung wonten ing sisih tengenipun

lesan lan boten saged ngrumiyini lesan.

Tuladha :

(1) Adhiku kelangan dhuwit.

J W Gg

(2) Azka nyilihake adhine buku wacan.

J W L Gg

e. Katrangan (Panerang)

Katrangan punika perangane ukara ingkang boten baku, jalaran saged

kemawon boten wonten. Dunungipun saged ing ngajeng, pungkasan utawi ing

antawisipun jejer lan lesan. Jinisipun katrangan wonten ingkang nyebat babagan : a)

wekdal, b) papan, c) cara, d) pirantos, e) sebab, lan sapanunggalanipun.

Tuladha :

(1) Wingi kancaku ngrebut juwara basa Jawa.

(2) Fina nggarap tugas basa Jawa ing meja belajar.

(3) Kanthi teliti Farel nulis paragraf aksara Jawa.

(4) Rikha ngonceki pelem nganggo lading.

(5) Intan nggarap tugas geguritan amarga mati listrik.

B. FRASA

Miturut tatananipun, frasa kaperang dados kalih, inggih menika frasa

endosentrik lan frasa eksosentrik. Frasa endosentrik inggih menika frasa ingkang

namung nyebataken salah setunggaling peranganipun, nanging perangan ingkang

kasebataken kalawau saged minangka gegantosing perangan-perangan sanesipun.

Tuladhanipun:

(1) ember plastik abang.

(2) tape beras ketan.

(3) bocah lanang bagus.

Frasa eksosentrik inggih menika frasa ingkang salah satunggal

perangananipun boten saged dados gegantosing perangan sanesipun, utawi

Page 23: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017... ·  · 2017-07-27tembung linggane. Tuladhane: nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih

22

perangan ingkang satunggal boten saged dados sesulihing perangan sanesipun.

Tuladhanipun:

(1) ing pasar

(2) saka Jepara

(3) menyang Jakarta

Adhedhasar jinisipun, frasa kaperang dados pitu, inggih menika:

(1) Frasa aran : klambi anyar, lemari kayu jati, dudu watu

(2) Frasa kriya : nembe tindak, badhe nedha, tilem ngorok

(3) Frasa kahanan : kudu sabar, bagus tenan

(4) Frasa wilangan : telung karung, limang bungkus

(5) Frasa katrangan : mung arep, kudu bisa

(6) Frasa sesulih : kula piyambak, panjenengan ugi

(7) Frasa ancer-ancer : saking Solo, dhateng Semarang, kagem panjenengan

C. KLAUSA

Klausa inggih menika rerangkening tembung ingkang saged ngudhar

sawijining gagasan utawi sawijining bab. Saboten-botenipun ing pacelathon utawi ing

pagineman, klausa menika kedah wonten wasesanipun (predikat). Ananging, ing basa

sinerat, klausa menika saboten-botenipun dumados saking jejer (subjek) lan wasesa

(predikat). Kajawi menika, klausa ugi saged malih dados ukara. Klausa saged kaperang

dados kalih, inggih menika klausa bebas lan klausa winates. Klausa bebas kaperang

malih dados tiga, inggih menika klausa transitif, klausa intransitif, lan klausa ekuatif.

Klausa winates ugi kaperang dados tiga, inggih menika klausa nominal, klausa

adjektival, lan klausa adverbial.

(a) Klausa bebas

1) Klausa transitif :

(1) Tini nulis layang.

(2) Tini nulisi bukune.

(3) Tini nulisake bapak layang.

2) Klausa intransitif :

(1) Dheweke lagi adus.

(2) Aku jam sewelas wis turu.

(3) Adhiku ngimpi.

Page 24: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017... ·  · 2017-07-27tembung linggane. Tuladhane: nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih

23

3) Klausa ekuatif :

(1) Bapakku guru.

(2) Dheweke kancaku.

(3) Rambute kriting.

(b) Klausa winates :

1) Klausa nominal :

(1) buku (Sing dipundhut apa?)

(2) guru basa Jawa (Ibumu dadi apa?)

2) Klausa adjektival :

(1) legi banget (Piye rasane peleme mau?)

(2) bagus tenan (Piye sajake bocahe?)

3) Klausa adverbial :

(1) (anggone matur) ngati-ati banget

(2) (anggone maca) tliti tenan

D. UKARA LAMBA LAN UKARA CAMBORAN

Miturut akeh sethithike klausa, ukara bisa dibedakake dadi 2 jinis, yaiku ukara

lamba lan ukara camboran.

a. UKARA LAMBA

Ukara lamba iku dumadi saka saklausa, tegese ukara kasebut mung dumadi saka

jejer lan wasesa sarta bisa ditambah lesan, geganep, utawa katrangan (Sasangka,

2011:181). Sabanjure ukara lamba kabedakake kaya mangkene:

1) Ukara Awasesa Kriya

Ukara awasesa kriya yaiku ukara kang ngandharake pakaryan, solah, utawa

tandang. Ukara awasesa kriya kapilah dadi loro, yaiku:

(1) Ukara Tanduk

Ukara tanduk utawa kalimat aktif, yaiku ukara kang wasesane awujud tembung

kriya tanduk, nggunakake wuwuhan ater-ater anuswara (m, n, ng, ny) lan

panambang -i utawa -ke. Jejer ing ukara tanduk biasane nindakake pakaryan

utawa dadi paraga, dene lesan ing ukara tanduk biasane dadi sasaran.

Page 25: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017... ·  · 2017-07-27tembung linggane. Tuladhane: nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih

24

Tuladha:

(1) Adhiku / lagi nggawe / panganan / saka ketan.

J W L P

(2) Kangmasku / arep nonton / wayang kulit.

J W L

(3) Bu Wiwin / ndukani / putrane sing nakal.

J W L

(4) Haryanto / nglebokake / dhompete / ing sak mburi.

J W L K

(5) Sumarno / nukokake / adhine / klambi lurik.

J W L Gg.

(6) Adhiku / nangis.

J W

(7) Bebeke / ngendhog.

J W

(8) Suteja / ngguyu.

J W

Ukara (1-5) ing dhuwur wasesane diarane tembung kriya tanduk mawa lesan

(transitif) amarga mbutuhake anane lesan, dene ukara (6-8) wasesane diarani

tembung kriya tanduk tanpa lesan (intransitif) amarga ora mbutuhake anane lesan.

Ukara tanduk bisa kapilah dadi telung warna, yaiku (1) ukara kang watesing tebane

siji utawa ukara tanduk tanpa lesan, (2) ukara kang watesing tebane loro utawa ukara

tanduk mawa lesan, lan (3) ukara kang watesing tebane telu utawa ukara tanduk

mawa lesan sarta panggenah.

(2) Ukara Tanggap

Ukara tanggap kalimat pasif yaiku ukara kang wasesane awujud tembung

kriya tanggap, jejere dikenani pakaryan, diwuwuhi ater-ater ka-, dak-, ko-, di-,

utawa seselan -in-.

Tuladha:

(1) Adhiku / didukani / Pak Suta

J W Gg.

(2) Wacan iki / katulis / nalika ana Jakarta.

J W K

(3) Wong bodho / gampang kapusan.

J W

Page 26: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017... ·  · 2017-07-27tembung linggane. Tuladhane: nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih

25

(4) Lungane Maryadi / tinangisan / anak bojone.

J W Gg

(5) Sega gorenge / arep dakpangan.

J W

(6) Wedhusmu iki / kokdol pira?

J W

Ukara tanduk mawa lesan manawa didadekake ukara tanggap, lesane owah dadi

jejer lan tembung kriya tanduk ing wasesane owah dadi kriya tanggap. Ukara

tanggap ora duwe lesan.

2) Ukara Awasesa Kahanan

Wasesaning ukara basa Jawa uga bisa awujud kahanan, kaya dene tuladha iki.

(1) Kandhane wong iku bener.

(2) Pak Rahmad ora rawuh.

3) Ukara Awasesa Aran

Ukara lamba awasesa aran yaiku ukara kang wasesane kedadeyan saka tembung

aran utawa gatra aran.

(1) Buntelan kae buku.

(2) Jarane Mas Syahrul.

(3) Klambine Rini.

4) Ukara Awasesa Wilangan

Ukara ing basa Jawa uga ana kang wasesane awujud gatra wilangan, kaya kang

ana ing tuladha ngisor iki.

(1) Sapine akeh.

(2) Gedhange patang tundhun.

5) Ukara Awasesa Ancer-Ancer

Ana ing pambanguning ukara bas Jawa, tembung utawa gatra ancer-ancer uga

bisa dadi wasesane ukara.

(1) Bocah iku ing sekolahan.

(2) Lungguh ing kursi.

(3) Lunga menyang Ngayogyakarta.

(4) Layang iki aturna marang bapak.

Page 27: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017... ·  · 2017-07-27tembung linggane. Tuladhane: nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih

26

Pangrowane ukara lamba iku bisa kanthi cara muwuhi (1) prabot katrangan, (2)

prabot panyapa, sarta (3) prabot katrangan leliru.

b. UKARA CAMBORAN

Ukara camboran iku ukara kang dumadi saka rong klausa utawa luwih

(Sasangka, 2011:182). Panggabunge ukara gatra loro utawa luwih mujudake

dhedhapuran kang luwih rowa. Yen ukara lamba nduweni jejer lan wasesa mung siji,

ukara camboran wasesane bisa luwih saka siji.

1) Ukara Camboran Sajajar

Panggarbane ukara camboran sajajar, kanthi nggarba ukara gatra loro utawa

luwih kang antarane siji lan sijine tatarane padha utawa sejajar ing dhapur

angganing ukara. Tuladhane:

o Aku bisa nampa tekamu iki, nanging ora bisa nampa ancas tujuanmu sarta

kekarepanmu.

o Warjiman mider-mider golek panggawean apa bae, dene sedulur-sedulure ora

bisa biyantu.

Pandhapuke ukara camboran sajajar, yaiku:

(1) Umume, ukara gatra kang kawiwitan kanthi pangiket lan, utawa, apa dene

nanging papane ora bisa diowahi, utawa ora bisa mapan ing wiwitan ukara.

o Kowe kabeh kudu nyilih buku iki ing perpustakaan, utawa tuku ing toko

buku.

(2) Urutan kang tetep, kang ora bisa ngalami owah-owahan ing ukara camboran

sajajar, gayut karo panganggone sesulih purusa lan sesulih purusa lan sesulih

pandarbe.

o Dheweke seneng tembang macapat, nanging Parjan ora bisa nembangake.

(3) Salah sijining pangiket bisa kagandheng karo pangiket liyane, kang gunane

supaya luwih terange, mbangetake, utawa ngantebake wedharing gagasan ing

antarane ukara gatra siji lan sijine kang kagarba.

o Dheweke ora ngrumangsani salahe, lan malah ngrekadaya salahe wong liya.

(4) Ukara gatra-ukara gatra kang kagarba kanthi pangiket sajajar ora mratelakake

beda-bedane tatarane wedharing gagasan.

o Bocah iku lara ati lan nganyut tuwuh.

Page 28: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017... ·  · 2017-07-27tembung linggane. Tuladhane: nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih

27

Wedharing gagasan ukara camboran sajajar ditemtokake dening surasane

pangiket lan surasane ukara gatra-ukara gatra kang kagarba. Wujude kaya mangkene:

(1) Rakitan Pratelan Muwuhi

Rakitan pratelan muwuhi yaiku rerakitan kang mratelakake muwuhi utawa

nggandheng kadadeyan, bisa mratelakake (1) sebab-akibat, (2) urutan wektu, (3)

cengkah, sarta mbangetake.

(2) Rakitan Pratelan Kosok Balen

Rakitan pratelan kosok balen yaiku rerakitan kang mratelakake manawa apa kang

kaandharake ing ukara kapisan kosok balen, utawa ora padha karo apa kang

kaandharake ing ukara kapindho. Kang mratelakake (1) mbangetake, (2)

kelakone kedadeyan, lan (3) muwuhi.

(3) Rakitan Pratelan Pilihan

Rakitan pratelan pilihan yaiku rerakitan kang ngandharake pilihan ing antarane

pilihan-pilihan kang ana kang diandharake ing ukara gatra-ukara gatra kang

rinakit. Kaperang dadi (1) rakitan pilihan kang mratelakake cecengkahan, lan (2)

rakitan pilihan kang mratelakake milih salah siji.

2) Ukara Camboran Sungsun

Yaiku ukara camboran kang karakit kanthi cara sungsun darbe ukara gatra kang

dadi anggane ukara gatra liyane.

o Bapak ngendikake manawa pak Lik mundhutake sepedha motor putrane wingi

sore.

Pandhapuke ukara camboran sungsun kaya mangkene:

(1) Pangrakite ukara camboran sungsun, kanthi nggarba ukara gatra loro utawa

luwih kang salah sijine ukara gatrane dadi prabote ukara gatra liyane.

o Bapake tetep mbelani anake sebab anake ora salah ing perkara iku sawise

polisi nakoni bocah iku.

(2) Umume mapane ukara gatra kang kawiwitan pangiket bisa owah gingsir.

o Sadurunge polisi nindakake, aku lan kowe kabeh aja grusa-grusu

tumindak ayahane.

Page 29: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017... ·  · 2017-07-27tembung linggane. Tuladhane: nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih

28

(3) Panggonane sesulih purusa lan sesulih pandarbe bisa ndhisiki sesulihe aran kang

dadi bebakune.

o Sanajan dheweke seneng tembang macapat, Parjana ora bisa

nembangake.

(4) Ukara gatra kang mapane ing sawise pangiket, wedharing gagasane utawa

andharane kaanggep ora dipentingake, dene ukara gatra liyane ngandharake

bebakune wedharing gagasan ukara mau.

o Bocah iku nganyut tuwuh sebab lara ati.

(5) Ukara gatra pang kang karakit kanthi pangiket umume bisa diganti nganggo

tetembungan utawa gatra tartamtu, kang wedharing gagasane padha karo ukara

pang mau.

o Aku ora ngerti kapan dheweke arep pindah.

o Aku ora ngerti pindahe.

Wedharing gagasan panggarbane ukara gatra ing ukara camboran sungsun uga

ditemtokake dening jinising pangiket lan wedharing gagasan ing ukara gatra-ukara

gatra kang kagarba. Tuladhane:

o Aku ngajak kowe sebab kowe ora nakal.

Jinising pangiket lan wedharing gagasan ing ukara gatra-ukara gatra kang kagarba,

kaya ta:

(1) Rakitan Pratelan Titi Mangsa

Rakitan titi mangsa bisa kaperang maneh dadi (a) titi mangsa kang

mratelakake wiwitane kadadeyan, (b) titi mangsa kang mratelakake wektune

bebarengan karo kedadeyane, (c) titi mangsa kang mratelakake urutane

kadadean, lan (d) titi mangsa kang mratelakake pungkasane kadadeyan.

(2) Rakitan Pratelan Sarat utawa Janggelan

Rakitan pratelan sarat utawa janggelan iku ana ing ukara camboran sungsun,

kang ukara gatra pange ngandharake sarat utawa janggelan kelakone

kedadeyan kang kasebut ing ukara delege (lajere utawa bakune).

o Yen ora koawat-awati, dheweke bisa salah dalan.

Page 30: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017... ·  · 2017-07-27tembung linggane. Tuladhane: nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih

29

(3) Rakitan Pratelan Saupama utawa Mungguh

Rakitan pratelan saupama utawa mungguh iku ana ing ukara camboran

sungsun, kang ukara gatra pange ngandharake upama kelakone kedadeyan

kang kaandharake ing ukara gatra delege.

o Manawa aturku iki mau dora, aku wani disumpah pocong.

(4) Rakitan Pratelan Panggenah

Rakitan pratelan panggenah iku, ukara gatran pange nggenahake apa kang

kaandharake ing kriyane ukara gatra delege utawa ing jejere.

o Bukti iki wis bisa nuduhake manawa dheweke tau duwe urusan karo polisi.

(5) Rakitan Pratelan Pepadhan

Rakitan pratelan pepadhan ing ukara camboran sungsun kang ukara gatra

pange mratelakake pepadhan, sairib, saemper, utawa pilihan antarane apa

kang kaandharake ing ukara gatra deleg karo kang kaandharake ing ukara

gatra pang.

o Pak Broto nresnani ponakane kaya dheweke nresnani anake.

(6) Rakitan Pratelan Karana utawa Alasan

Rakitan pratelan karana utawa alasan kedadeyan ing ukara camboran sungsun

kang ukara gatra pange mratelakake karana utawa alasane anane kadadeyan

kaya kang kaandharake ing ukara gatra deleg.

o Kabeh sedulur wajib dibekteni sebab dadi gegentine wong tuwa.

(7) Rakitan Pratelan Pangajab utawa Pamurih

Rakitan pratelan pangajab utawa pamurih kedadeyan ing ukara camboran

sungsun kang ukara gatra pange mratelakake pangajab utawa pamurih saka

apa kang kaandharake ing ukara gatra deleg.

o Buku iki disimpen ana lemari bae kareben ora ilang.

(8) Rakitan Pratelan Temahan

Rakitan pratelan temahan kedadeyan ing ukara camboran sungsun kang ukara

gatra pange mratelakake temahan utawa wusanane saka apa kang

kaandharake ing ukara gatra deleg.

o Sasmita wingi kodanan mulane saiki dheweke lara pilek.

Page 31: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017... ·  · 2017-07-27tembung linggane. Tuladhane: nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih

30

(9) Rakitan Pratelan Sarana utawa Piranti

Rakitan pratelan sarana utawa piranti kedadeyan ing ukara camboran sungsun

kang ukara gatra pange mratelakake apa-apa kang dianggo lantaran utawa

piranti kaya apa kang kaandharake ing ukara gatra deleg.

o Dheweke golek iwak kanthi migunakake jala.

(10) Rakitan Pratelan Luwih utawa Ora Lumrah

Rakitan pratelan luwih utawa ora lumrah kedadeyan ing ukara camboran

sungsun kang ukara gatra pange mratelakake ora ngowahi apa-apa kang

kaandharake ing ukara gatra deleg, nanging darbe surasa mbangetake, luwih,

utawa lumrah.

o Sanajan toh pati, aku tetep tresna marang dheweke.

(11) Rakitan Pratelan Pepangkatan

Rakitan pratelan pepangkatan yaiku rerakitan kanthi ciri anane tembung sing

utawa kang. Kaperang dadi rong warna (1) pepangkatan winates lan (2)

pepangkatan tanpa watesan.

o Sedulure sing manggon ing Jombang mati wingi sore.

(12) Rakitan Pratelan Tetandhingan

Rakitan pratelan tetandhing kedadeyan ing ukara camboran sungsun kang

ukara gatra pange lan ukara gatra delenge darbe prabot kang padha kang

kaanane imbang utawa ora imbang.

(13) Rakitan Pratelan Pangarep-arep

Rakitan pratelan pangarep-arep ing ukara camboran sungsun ngandharake

pangarep-arep supaya apa kang kaandharake ing ukara gatra pang bisa dadi

kanyatan.

3) Ukara Camboran Raketan

Ing ukara camboran bisa kadadeyan anane raketan praboting ukara. Prabot

kang bisa karaketake yaiku, jejer, wasesa, lesan, utawa panggenah. Wujud

pandhapuke ukara camboran raketan, yaiku:

(1) Ukara Raketan Jejer

Wiwit cilik, dheweke wis kulina urip sengsara.

(2) Ukara Raketan Wasesa

Page 32: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017... ·  · 2017-07-27tembung linggane. Tuladhane: nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih

31

- Aku ora ngerti.

- Dheweke ora arep melu.

- Aku ora ngerti dheweke arep melu apa ora.

Page 33: SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL 2017... ·  · 2017-07-27tembung linggane. Tuladhane: nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih

32

DAFTAR PUSTAKA

Mulyana. 2007. Morfologi Bahasa Jawa(Bentuk dan Struktur Bahasa Jawa).

Yogyakarta: Kanwa Publisher.

Padmosoekotjo, S. 1989. Paramasastra Djawa. Surabaya: PT Citra Jaya Murti

Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B.Wolteres Groningen.

Rahardi, Kunjana. 2001. Kajian Sosiolinguistik. Jakarta: Ghalia Indonesia

Sasangka, Sry Satriya Tjatur Wisnu. 2011. Paramasastra Gagrag Anyar Basa

Jawa.Jakarta: Yayasan Paramadina.

Setyanto, Aryo Bimo. 2007. Paramasastra Bahasa Jawa. Yogyakarta: Panji Pustaka.

Subagya, Rahmad.2011. Titi Ukara Basa Jawa. Surabaya: Bintang Surabaya.

Sudarayanto. 2001. Kamus Pepak Basa Jawa. Yogjakarta: Badan Pekerja Kongres

Bahasa Jawa.

_________, 2001. Tata Bahasa Baku Bahasa Jawa. Yogyakarta: Badan Pekerja

Kongres.

Tanpa nama. 1946. Karti Basa. Jakarta:Kementerian PP dan К .

Wedhawati, dkk. 2006. Tata Bahasa Jawa Mutakhir Edisi Revisi. Yogyakarta: Kanisius.