presentasi bahasa jawa tentang jaka tarub kreasi ix a smp n 3 karanganyar

5

Click here to load reader

Upload: dhanicyber-jakarta

Post on 21-Jul-2015

108 views

Category:

Social Media


3 download

TRANSCRIPT

Page 1: Presentasi bahasa jawa tentang jaka tarub Kreasi IX A SMP N 3 Karanganyar

JAKA TARUB

Assalamu’alakum wr.wb

Wonten ing satunggaling dusun, wonten kaluargi ingkang naminipun mbok randa kaliyan putra kakungipun. Putra kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih menika Jaka Tarub.

Page 2: Presentasi bahasa jawa tentang jaka tarub Kreasi IX A SMP N 3 Karanganyar

Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron pisang utawi ron jati kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron menika dipunlintakaken kaliyan uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten. Tindakanipun wonten peken ngantos pinten-pinten minggu saking tebihing kitha. Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedak wonten wana kangge ulamipun.

Wontan ing satunggaling dinten ing kaluargi menika boten gadhah ulam kangge dhaharipun saben dinten lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah wonten wana kangge mbebedak. Kados adatipun menawi mbebedak bidalipun bada’ subuh supados konduripun boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika sampun dangu amargi boten angsal punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten sampun dangu lampahipun Jaka Tarub boten manggih.

Page 3: Presentasi bahasa jawa tentang jaka tarub Kreasi IX A SMP N 3 Karanganyar

http://hasilnewbie.mywapblog.com 3

Satunggal punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka Tarub menika boten putus asa

piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing jeronipun

wana. Ananging ngantos dalu JakaTarub taksih boten angsal punapa-punapa. Saking

sayakipun Jaka Tarub kepengin sumene ngantos sare saestu, amargi lampahipun menika

tebih sanget lajeng Jaka Tarub sare ing sakjeronipun wana. Piyambakipun kaget amargi

kepireng suanten gumujuning tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi pengin

ngertos suanten menika punapa lan saking pundi sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi

suanten menika.

Piyambakipun menika boten percaya kalioyang ingkang Jaka Tarub mersani ing dalu

menika Jaka Tarub kaget amargi ing tengahing wana wonten suanten widodari-widodari

ingkang sami gumujengan sinambi siram lelangin ing sendang. Jaka Tarub nyaketi

panggenan widodari menika ingkang nembe siram kala wau amargi dalu punika

kaleresipun wulan purnama. Sanalika Jaka Tarub gadhah pamanggih pengin garwa

satunggal pramila piyambakipun mundut rasukan satunggal lan dipunsinggitaken. Wonten

satunggal widodari ingkang kicalan rasukan dipun tilar rencangipun sami widodari.

Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari menika dipun caketi Jaka Tarub lan

dipun reh-reh lajeng dipunbeta wangsul lan kagarwa dening Jaka Tarub, widodari menika

gadhah nami Nawang Wulan.

Page 4: Presentasi bahasa jawa tentang jaka tarub Kreasi IX A SMP N 3 Karanganyar

http://hasilnewbie.mywapblog.com 4

Wonten ing satunggaling dinten Nawang Wulan sampun kagungan putrid saking Jaka

Tarub ingkang naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah ingkang reged pramila

Nawang Wulan nyuwun JakaTarub kangge nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun kanthi

manthi-manthi, lan Jaka Tarub boten angsal mbukak kekep. Saktindakipun Nawang Wulan

wonten lepen Jaka Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep, menika punapa Jaka

Tarub kaget menapa amargi ingkang dipun adang garwanipun naming satunggal kantun

kemawon. Saking kedadosan punika kaseteripun Nawang Wulan dados widodari ical lan

adangipun satunggal las dados satunggal bugak ical. Pramila mulai nutu pari adangipun

uwos dados limrahipun tiyang gesang wonten brebayan amargi pantunipun telas kantun

rentengan wonten lumbung.

Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi kegetipun

manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa,

piyambakipun kaget amargi piyambakipun duka dumateng garwanipun amargi sampun

dipun apusi. Nawang Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih lajeng

ngagem rasukan.

Page 5: Presentasi bahasa jawa tentang jaka tarub Kreasi IX A SMP N 3 Karanganyar

http://hasilnewbie.mywapblog.com 5

Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen kaliyan Nawang Sih yen

kepureh kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan wonten bayangipun Nawang

Wulan. Anaging sak sampunipun dugi kayangan Nawang Wulan boten dipun tampi malih

dados widodari amargi sampun kecampuran kaliyan manungsa. Nawang Wulan menika

lingsem lan boten purun jelma malih dados manungsa, amargi rekaos gesangipun pramila

Nawang Wulan nglalu wonten segara kidul wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul

ingkang gadhah naminipun Nyi Roro Kidul.

cukup semanten rumiyen informasi saking kula. klenta klentu soho sisip semaring atur

kula nyuwun lumudring samudro pangaksami mugya tansah pinanggih. Wassalamualaikum

wr. wb.

Penulis : Ramadhani Nur Qodar

Lia Agustina

Sri Mulyaningsih

Arif Nur Rachman

Cici Agustina

Suci Febianti