pidato bhs jawa
TRANSCRIPT
Assalamualikum warahmatulah hiwabarakatu.
Ingkang kinurmatan Ibu Kepala SMKN 1 Magelang.
Bapak soho ibu guru ingkang satuhu luhuring budi.
Lan ingkang kula tresnani sanget rencang-rencang ugi adek-adek sedoyo.
Inkang rumiyin mugi kito sedaya sami-sami ngraosakin puji lan syukur kehadirat Allah SWT
sehinggo ing wektu punika kito saget makempal ting mriki ing keadaan sehat lan mboten wonten
alangan punapa-punapa. Ing wektu punika kula badhe pidato ingkang temanipun "mengeti dinten
kartini", bapak/ibu lan rencang-rencang sedoyo mesti sampun ngerti sapa kuwi Kartini lan opo wae
jasane tumrap bangsa lan negara, khususipun dumateng tiyang setri.
Ibu Kartini menika sampun nyedhiyani tuladha maring kito sedoyo khususipun tiyang setri,
bilih jasanipun Ibu Kartini punika sakniki para tiyang estri saget ngrasaaken kebebasan ing sakjroning
kehidupan utawa urip. Ndek mbiyen niku sing jenenge tiyang wadon gayange nggeh namung ting
omah ugi nglayani bojonipun kiyambak, nanging amargo Ibu kartini memperjuangkan hak-hakipun
wanita sahingga sakniki tiyang estri saget ngrasaaken sing jenenge bebas lan mboten ting nggriya
mawon.
Atas jasa-jasanipun Raden Ajeng Kartini punika sakniki para kaum wanita saget bebas metu
saking omah, saget nggolek panguripan kiyambak, saget bebas sekolah lan tasih kathah malih.
Jalarain punika kula ngajak kalian rencang-rencang lan bapak soho ibu guru sedoyo supados
ndadiaken pangeten dinten kartini punika dados dinten ingkang spesial lan saget ndadeake majune
wanito Indonesia.
Cekap semanten anggen kula pidato, sak teruse kula donga maring sing kuasa supaya para
wanito Indonesia saget dados wanita ingkang banggaaken dumateng bojone utawa tiyang kakung
lan supados dadio wanito ingkang nggowo manfaat dateng Bangsa lan Negoro. Cekap semanten, yen
anggen kula matur wonten lepate kula nyuwun ngapuro ingkang sak ageng-agengipun. Semogo
dadio pidato niki nggowo manfaat dumateng sedayanipun, Bilahitaufik walhidayah.
Wassaamualaikum warahmatulah hiwabarakatuh.